Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04, #1667

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1938, #1667
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-02, #1667. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1509.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03, #1667. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1510.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04, #1667. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1511.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05, #1667. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1512.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06, #1667. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1513.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07, #1667. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1514.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08, #1667. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1515.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10, #1667. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1516.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11, #1667. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1517.

Ôngka 27, Stu, Pa, 1 Sapar, Jimawal 1869, 2 April 1938, Taun XIII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan... f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt - Pètêr Martin Lampêl (Peter Martin Lampel), - Murya Laras (kongsèr) - Kawontênan ing Tiongkok - Pajagèn Bêbaya ing Gêgana - Bab Suryawirawan - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Pangungsêt

Ngabêkti dhatêng Pangeran

Cara tuwin patraping ngabêkti dhatêng Pangeran, punika satunggiling tindak ingkang langkung gawat. Saya manawi dipun kanthèni pitakenan: patrap kadospundi ingkang mêsthi lêrês, punika saya pinanggih gawatipun, awit saupami dipun cariyosakên ingkang mêsthi lêrês punika makatên, punika raosipun lajêng ngrèmèhakên dhatêng Pangeran, ingkang atêgês Pangeran punika kenging kinayangapa. Ngosokwangsul kalihan kêkajênganing ucap-ucapan: Pangeran punika botên kenging kinayangapa. Namung tumraping panganggêp, sawarnining patrap ingkang sampun dipun tekadakên, punika lêrês sadaya. Dene manawi wontên garêjêg ing bab lêrês lêpating tekad, punika bokmanawi saking dèrèng pana dhatêng kajênging tekadipun, awit saupami pana, tamtu botên wontên garêjêg babagan makatên.

Wontên cêculikan sakêdhik saking Sêrat Wedhatama, bokmanawi kenging kangge pêpiridan sawatawis tumrap panêmbah dhatêng Pangeran, mênggah têrangipun, 1 sêmbah raga, 2 sêmbah manah, 3 sêmbah jiwa tuwin 4 sêmbah rasa. Pêpathokan kawan bab wau minôngka urut-urutanipun.

1. Sêmbah raga, kenging kagrêba sêmbahing badan, ingkang atêgês kasarasaning badanipun ingkang dados kanthining panêmbah.

2. Sêmbah manah, punika sampun nama ngambah kabatosan, ing ngriku sarananipun nyênyuda ardaning manah.

3. Sêmbah jiwa, ing ngriku akajêng sampun pana kajiwanipun, (kenging kagrêba kaalusaning kabatosanipun).

4. Sêmbah rasa, punika sampun botên kasamaran dhatêng rasa rosing dumadi. Tansah sêsandhingan kalihan kasing batos.

Sêmbah kawan prakawis wau sadaya taksih dumunung dados lampah. Ing ngriku lajêng sagêd mawas, tumindaking badanipun piyambak punika sampun manggèn wontên ing peranganing sêmbah ingkang pundi. Môngka satunggal-satunggaling sêmbah wau tumindakipun kêdah ingkang rêsik yêktos. Manawi tumindakipun rêsik tuwin titi, caraning klas-klasan, tamtunipun botên sagêd badhe ngakên-akên, sawêg wontên ing klas satunggal, ngakên wontên ing klas sakawan.

Sarèhning sêmbah sakawan warni wau taksih nama golonganing laku, kadospundi anggèning sagêd mastani: pundi ingkang mêsthi dumugi. Kados ingkang prayogi namung ngawontênakên panganggêp, tiyang punika tumrap ingkang ngudi babagan makatên, têtêp wontên salêbêting lampah, ingkang lèrèg dhatêng ora kêna kinayangapa. Utawi aluwung ngawontênakên pamarêm, tekadipun piyambak sampun lêrês.

Cêkruktruna.

--- 406 ---

Kawruh Sawatawis

Pètêr Martin Lampêl (Peter Martin Lampel)

Sambêtipun Kajawèn nomêr 22

Kajawi ngarang lan anggambar Tuwan Lampêl ugi nate ngarang senariyo (urut-uruting gambar) nipun pilêm Jêrman kalih ingkang misuwur sangêt, sarta rumiyin ing tanah Jawi ngriki sampun nate kapitongtonakên inggih punika pilêm Kameradschaft (kêkancan) tuwin Westfront 1918, ingkang anggambarakên kawontênan lan tandangipun para prajurit Jêrman ingkang sami pêrang wontên ing tapêl watês sisih kilèn (nagari Prancis).

[Grafik]

Tuwan Pètêr Martin Lampêl pinuju anggambar putra dalêm Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, Bandara Radèn Mas Santosa Nata Suparta, ing Balekambang, Surakarta.

Dumugi sapriki Tuwan Lampêl sampun kalih taun anggèning nilar tanah kalairanipun. Sakesahipun saking nagari Jêrman piyambakipun sawatawis wulan manggèn wontên ing Zwitserland, salajêngipun wiwit nglêmbara saya ngidul-ngidul, nglangkuni nagari Joegoslavie, Athene ngantos dumugi ing Port-Said. Saking ngriku piyambakipun lajêng numpak kapal dhatêng tanah Jawi ngriki.

Bêbêktanipun kêkesahan wau, kajawi praboting tiyang nglêmbara kados ta tendha kangge tilêm saênggèn-ênggèn sarta pirantos kangge ngolah têdha, botên kêsupèn ambêkta prabot anggambar sauba-rampenipun.

Angsal-angsalipun anggèning nglêmbara wau wujud gambaran pintên-pintên wontên ing buku gambaran, ingkang mujudakên tiyang ing satunggal-tunggaling panggenan ing nagari-nagari ingkang dipun ambah, kados ta tiyang dhusun jalêr èstri asli saking Silezie-Croatie, tiyang Hojah (Hodscha), inggih puningkapunika. tiyang Arab asli saking Balkan, tiyang Bêduwi ing Porsaid lan sapanunggilanipun.

Gambaranipun Tuwan Lampêl ingkang kula sagêd ningali wontên ing buku-bukuning gambaran tuwin wontên ing panuli dede namung corèk-corèkan kemawon, nanging mawi pulas, katingalipun gambaran sadaya wau kados gêsang, pamilihipun pulas sagêd mathis, mratandhani bilih tuwan wau undhagi ing babagan gambar potrèt ngangge cèt. Ing nginggil sampun kula aturakên bilih Tuwan Lampêl wau mêntas saking Bali punapa. Sadangunipun piyambakipun manggèn ing ngriku, ugi anggambar talèdhèk Bali, para lurah pangagêng dhusun, para luhur sarta satriya sanès-sanèsipun. Samangke piyambakipun manggèn ing Surakarta sawatawis wêkdal, amargi piyambakipun badhe anggambar têtiyang ing tanah Kêjawè-

--- 407 ---

[Iklan]

n ngriki, ringgit tiyang, panyutra lan sapanunggilanipun.

Saking sih kadarman dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, Tuwan Lampêl kaparingan ênggèn wontên ing taman Balekambang, Kêbon Tirtayasa. Ing taman Balekambang punika papan among sênêng, wontên panggenan kangge mitongtonakên kêthoprak saha ringgit tiyang, tumrapipun tiyang ahli kagunan utawi anggambar panggenan ingkang kados makatên punika sakeca kangge milih gagrag tuwin wêwangunan.

Nalika kula pinanggih Tuwan Lampêl prêlu badhe rêmbagan sawatawis, kalêrês piyambakipun sawêg anggambar putra dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, inggih punika Bandara Radèn Mas Santosa Nata Suparta, lan ing ngriku kula sagêd sumêrêp rikat tuwin prigêlipun Tuwan Lampêl migunakakên pènsilipun. Sadangunipun nyambutdamêl sinambi rêrêmbagan, nyariyosakên kawontênanipun utawi mangsuli pitakenan. Samantên andharanipun Tuwan Lampêl wau.

Dno. S.H.

Wara-wara

Ngaturi uniga, bab pangintunipun gambar bêbingah, sapunika sampun rampung sadaya.

Pangajêng-ajêngipun administrasi, ugi kintunan wau katampia dening para ingkang kagungan wêwênang nampi.

--- 408 ---

Kagunan Jawi

Murya laras (kongsèr)

Ungêling gamêlan cara Surakarta ingkang lugu kangge pamirêngan punika tatananing gêndhing gandhènging lan pathêtipun, sampun katêtêpakên dening ngadat watoning panindakipun, mila manawi waton wau ewah botên miturut adatipun, tumrap pangraosipun para ahli karawitaning gêndhing, lajêng nama risak. Awit ungêling gamêlan ingkang miturut tatanan wau sampun matuh mapan sakeca dhatêng pangraosipun para ingkang ahli karawitaning gêndhing. Wondene katranganing tatanan sawatawis kados ngandhap punika.

Ungêling gamêlan ingkang wiwitipun sasampuning jam 7 dalu punika mungêl sapisan kêdah gêndhing ingkang laras pelog gangsal, sakèndêlipun lajêng kasambêt lêlagoning pathêt gangsal. Mungêl kaping kalih kêdah gêndhing ingkang laras slendro nêm, sakèndêlipun ugi kasambêtan pathêt nêm slendro, makatên salajêngipun ngantos mungêl kaping sakawan utawi nêm gêndhing tansah sêlingan slendro pelogipun, wondene gêndhing ingkang dipun ungêlakên wau kêdah botên dipun kêndhangi ciblon, dados manawi ngungêlakên gêndhing ingkang inggahipun dipun tambanakên wiramanipun, kêndhanganipun namung kosekan. Manawi sampun jam 12 lajêng ngungêlakên gêndhing ingkang laras pelog nêm, sakèndêlipun ugi dipun sambêti pathêt nêm pelog, dene gêndhingipun slendro ngangge gêndhing ingkang laras slendro sanga, sakèndêlipun ugi kasambêtan pathêt sanga, makatên salajêngipun ngantos sakawan utawi nêm gêndhing, wondene kêndhanganipun sampun kenging ngangge kêndhangan ciblon. Sasampuning jam 3 utawi ½ 3 lajêng ngungêlakên gêndhing laras pelog barang, slendronipun, gênding laras slendro manyura, makatên salajêngipun ngantos sabibaripun, ananging gêndhing ingkang kangge pungkasan botên kasambêtan pathêt, awit lajêng bibaran.

Ungêling gamêlan ingkang wiwit saking wanci enjing sasampuning jam 7 punika mungêl sapisan kêdah gêndhing ingkang laras pelog barang, slendronipun kêdah gêndhing ingkang laras slêndro manyura, sakèndêlipun ugi dipun sambêti pathêt, ingkang pelog barang inggih pathêt barang, ingkang slendro inggih pathêt manyura slendro, wondene kêndhanganipun ugi botên ciblonan. Awit saking makatên, dados pamilihing gêndhingipun kêdah ingkang pantêsipun botên dipun kêndhangi ciblon. Sasampunipun jam 12 siyang, lajêng kados sasampuning jam 12 dalu, salajêngipun ngantos dumugi bibaran.

Tatanan ingkang kasêbut nginggil punika nandhakakên manawi anggènipun ngungêlakên gamêlan wau sadalu muput utawi sadintên kêcêput. Sarèhning jaman sapunika sampun botên tamtu sadalu utawi sadintên muput, punapadene ungêling gamêlan ingkang kalêbêtakên ing sèndhêring radhio punika ingkang kêrêp namung 4 jam utawi kirang, dados tatanan ungêling gêndhing wau lajêng botên miturut wanci ingkang kasêbat [kasê...]

--- 409 ---

[...bat] nginggil, ananging lajêng miturut cacahing gêndhing ingkang dipun ungêlakên, inggih punika kados ingkang katindakakên murya laras saking kraton Mangkunagaran, Kapatihan, Kusumayudan, Suryamijayan, Prabuwinatan, Wiryadiningratan lan sanèsipun, punika uruting laras lan pathêtipun taksih turut, ananging namung ngangge nyatunggal, kados ta, gêndhing ingkang laras pelog gangsal 1, slendro nêm 1 salajêngipun.

Tatanan ingkang kasêbut nginggil punika nandhakakên manawi sadèrèngipun dumugi laras pelog nêm kalihan laras sanga salajêngipun, taksih kêdah ngangkah andamêl raos alusing pamirêngan, têgêsipun dèrèng andamêl raos kaberagan, inggih ing ngriku punika kongasing raos karawitaning gêndhing Jawi ingkang alus wêwilêtanipun. Sanadyan ing laras pelog nêm lan slendro sanga salajêngipun dumugi slendro manyura wau sampun wiwit ngangge gêndhing ingkang kangge kaberaganing raos, ananging inggih taksih sok kangge ngungêlakên gêndhing ingkang wêwilêtanipun nuwuhakên raos mêlas asih utawi sakalangkung alus pangrawiting lêlagonipun.

[Iklan]

Sadaya katrangan tatanan ungêling gamêlan kasêbut nginggil punika sanadyan sampun sae sangêt, ananging sarêng dipun siyarakên dening sèndhêring radhio, lajêng wontên bab ingkang ngrisakakên tatanan wau, inggih punika sêlinganing plat ingkang kangge intêrmeso, awit plat-plat wau botên turut kalihan gêndhing ingkang dipun siyarakên, kados ta mêntas nyiarakên gêndhing Kombangmara laras pelog gangsal, lajêng dipun sêlani plat gêndhing Pangkur barang, utawi Boyong, Kupu-kupu, Kinanthi Sandhung, Glathik Glindhing, Loro-loro, sapanunggilanipun, wah, punika ngrisakakên tatanan ingkang sampun sae. Mila pamrayogi kula aluwung botên mawi sêlingan intêrmeso kemawon.

Badhe kasambêtan.

Kodrat, Batawi Sèntrum.

Pawartos saking Redhaksi

Tuwan S. Dw. ing Kêbakramat. Gambar 3 iji kajawi kalitên botên cêtha. Kalihan malih pangalêmbana ingkang kados makatên punika malah kirang prayogi tumrap ingkang nyarirani.

K. 2021 ing Sêmarang. 12 Mulud taun Walandi 1874 jam 7 dhawah malêm Rêbo Wage tanggal 29 April.

K. 217 ing Kaliwungu. 7 Sèptèmbêr 1889 dhawah Stu Wa, 11 Sura Alip 1819.

--- 410 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Tiongkok

Campuhing wadya Tiongkok tuwin Jêpan ing sawatawis dintên kapêngkêr, pinanggih sakalangkung rame, sami nandhang karisakanipun. Namung pinanggihipun ing wêkdal wau, golongan Jêpan mêksa tansah kêsêsêr kados ingkang sampun.

Ing ngriku wadya Jêpan lajêng ngaso sawatawis ngantos kalih minggu botên ngawontênakên paprangan. Ing salêbêting ngaso wau, Jêpan andandosi kêkiyatan, ing salajêngipun sagêd ngangsahakên motor mabur pambucal bom cacah 80 nêmpuh papan anggêgana Tiongkok tuwin gêdhong-gêdhong militèr ing Hanko, saha kêlampahan golonganing motor mabur Jêpan wau kasêmbadan, tuwin sagêd wangsul tanpa manggih sambekala. Tindakipun Jêpan ingkang makatên wau kalêbêt cobèn-cobèn gêlar enggal.

Ing sarèhning gêlaring paprangan wontên ing paprangan ngriku punika sampun tansah tumindak, mila botên anèh bilih satunggil-satunggiling gêlar inggih lajêng tinampi kemawon gêntos dening mêngsah ingkang dipun têmpuh. Kacariyos wadya gêgana Tiongkok ing sisih êlèr gêntos nêmpuh saking gêgana, sasampunipun wangsul mêntas ngêbom wadya Jêpan ing Lingse, sadumugining margi sêpur saking Tinsin dhatêng Puko pêthukan motor mabur Jêpan cacah 20. Ing ngriku lajêng campuh ing gêgana, motor mabur Jêpan wontên nêm ingkang dhawah ing siti. Kajawi punika wontên golonganing motor mabur Tiongkok sagêd ngrêmuk sêpur militèr Jêpan ingkang kêbak isi wadyabala wontên ing Kaiyotse. Wêkasanipun wadya gêgana Tiongkok ing sanès-sanès panggenan pinangih saya majêng tandhangipun, malah miturut wartos, sawarnining motor mabur Tiongkok sami pinanggih wilujêng. Wartos ingkang kados makatên punika dados pasaksèn bilih ing wêkdal punika Tiongkok sawêg pinanggih jaya.

Wadya Tiongkok saya sêrêng dening ngrumaosi sagêd malês tuwin sêlak kapengin ngrêbat panggenan ingkang sampun dhawah panguwaosing mêngsah. Dene ingkang dipun wigatosakên ing golongan Tiongkok, nêmpuh margi-margi sêpur ingkang kamanah wigatos, salajêngipun wontên wadya Tiongkok ingkang nêmpuh dhatêng têmbok-têmbok kitha Caosowang, panêmpuhing wadya Tiongkok wau tansah dipun jogi wadya saking wingking ingkang dhatêngipun ngêgèt, wusana wadya Jêpan ingkang wontên ing ngriku kêpêksa sami ngunduri. Malah oncatipun wau dipun êlut saha lajêng kakêpang tuwin kathah ingkang dipun tawan.

Wadya Jêpan ingkang kêsêsêr wau lajêng angsal bêbantu saking wingking, salajêngipun nêmpuh purun dhatêng barisaning mêngsah. Pangangsêging wadya Jêpan wau narajang antawising Yihsin tuwin Hancuwang ngênêr dhatêng Taicuwang, ingkang dunungipun cakêt kalihan susukan agêng lèr kilèn Suko. Ing ngriku wadya Tiongkok lajêng mangrêtos bilih sêdyanipun Jêpan wau badhe ngrundhuk nêmpuh saking

--- 411 ---

[Halaman hilang]

--- [412] ---

[Grafik]

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana saha pandhèrèkipun sadaya nalika têdhak dhatêng Ujung Panèi, talaga Toba.

[Grafik]

Têtiyang nuju ngatingalakên jogèd ingkang sarana ngliga pêdhang wontên sangajênging oto titihan dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana nalika têdhak dhatêng Pêmatang Siantar.

[Grafik]

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana sakalihan nyonyah nuju mriksani sêsawangan ingkang ngrêsêpakên wontên ing Ujung Panèi.

[Grafik]

Gambar ngandhap alit: Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana sakalihan nyonyah punapadene putri dalêm ingkang pambajêng mangagêm agêm sarung asli pisungsungipun wd. Raja Siadtêr.Siantar.

[Grafik]

Gambar sisih kiwa: jogèd Batak ingkang kapitongtonakên wontên ing plataraning museyum Batak ing Raya.

--- 413 ---

Pajagèn Bêbaya ing Gêgana

Sambêtipun Kajawèn nomêr 25

Bêbayanipun bom-bom.

Warninipun bom-bom punika kenging kaperang dados tigang warni:

1. Kapisan: Brisantbommen.

Wujudipun kados ing gambar. Ingkang kadamêl waja, dipun isèni obat dhinamit. Wawratipun 10 kg ngantos dumugi 2000 kg. Isinipun obat dhinamit kathah sangêt. Manawi anjêblug pêcahaning waja ngantos 600 dumugi 1000 wingka. Cacahan wau sumêbar, sumrambah mubêng ngantos 200 m têbihipun taksih sagêd aniwasi. Bom-bom wau kanggenipun kalih warni: kapisan kangge nyêbar pêpêjah, kaping kalih kangge ngrisak kapal pêrang, bètèng, krêtêg-krêtêg lan sapanunggilanipun. Bom ingkang kangge anyêbar pêpêjah, pucukipun mawi pirantos (piston) ingkang manawi kabêntus têrus anjêblug. Dados bom-bom wau anjêblugipun manawi ambêntus siti. Sumêbaripun pêcahan sagêd radin.

[Grafik]

Bom-bom ingkang kangge ngrisak dêdamêlan, ing antawisipun piston lan obat dhinamit, dipun sukani obat limrah, prêlunipun anjêbluging piston lan dhinamit mawi antawis. Sanajan antawis wau namung sabageaning sêkon, ewadene sampun anyêkapi kangge mlêbêtipun bom. Ing gambar mratelakakên agênging Brisantbommen katimbang lan agênging tiyang, utawi malih kêkiyatanipun ambrongkal siti saking dayanipun hawanipun kemawon. Manawi wontên bom agêng dhawah ing pakawisan utawi ing margi, griya ingkang cakêt kenging kaababan kemawon sagêd ambruk. Kangge anjagi sampun ngantos kêcipratan pêcahan bom, tiyang sagêd ngumpêt ing sawingking têmbok ingkang kandêlipun 1½ banon, utawi karung ingkang dipun isèni wêdhi kandêlipun 50 cm, punapadene blebekan tosan ingkang kandêlipun 2.5 cm.

Manawi botên wontên panggenan ngumpêt kados ing nginggil punika, tiyang sagêd lumêbêt lan tilêman ing luwangan utawi kalèn. Ingkang kasêbut ing nginggil punika, manawi panggenan ngumpêt wontên ing sajawining kalangan ingkang mutawatosi, manut agêng alitipun bom.

--- 414 ---

2. Kaping kalih: Brandbommen. Inggih punika bom-bom ingkang kangge ambêsmi.

Bom wau bageanipun warni tiga: ingkang têngah-têngah pipa isi dhinamit, lajêng glêpung kangge pirantos ambêsmi, wusana ing jawi bungkusipun aliminiyum utawi metal sanès, kados ta mahnesiyum. Glêpung ingkang kangge isi punika: phosphor, thermiet (awu tosan kacampur glêpung aliminiyum) electron (awu tosan kacampur glêpung mahnesiyum) utawi metalnatrium.

Wawratipun bom-bom wau racakipun namung 5 kg, prêlunipun sagêd kathah pambêktanipun. Wontên ugi ingkang ngantos 100 kg, kangge ambêsmi pabrik-pabrik. Bom wau anjêblugipun botên bantêr. Obatipun dhinamit namung sakêdhik, prêlu kangge nyumêd galêpung wau.

Ingkang limrah namung 10 m, têbihipun glêpung wau ingkang kathah lajêng ngêmpal wontên sapanggenan.

Murubipun galêpung thermiet utawi electron punika ngantos ngawontênakên bêntèr langkung saking 3000°c. dados manawi wontên balebekan tosan kandêlipun 2.5 cm, tumuntên luluh lan murub.

Manawi glêpung thermiet lan electron sawêg murub kasiram ing toya, toya wau saking bêntèripun dados hawa zuurstof lan waterstof ingkang saya ngagêngakên urubing latu.

Natrium warninipun mèmpêr warangan, namung êmpuk kados krasikan, manawi kenging toya angêbos lan mlêtik-mlêtik. Pramila panyirêpipun brandbom punika prayogi namung dipun urugi wêdhi. Siti inggih kênging ugi nanging kêdah ingkang rapêt.

Tumrap ing tanah Jawi panggenanipun griya gêbyog lan dêling, payon alang-alang, kajang, brandbom punika ingkang mutawatosi sangêt. Dados manawi wontên prêlu kangge anjagi griyanipun piyambak tiyang kêdah sadhiya: serok, pacul, wêdhi utawi siti ingkang sampun mawur kangge ngurugi brandbom wau, lan toya kangge anjagi mrèmèning kabêsmèn.

3. Kaping tiganipun: Gasbommen.

Bom isi gas racun. Bom punika warni bumbungan tipis ing têngah mawi pipa isi dhinamit. Lajêngipun bumbungan wau kaisenan racun. Kathahipun racun wau ngantos 70% saking wawrating bom. Warninipun, watakipun lan mandinipun satunggal-satunggaling hawa utawi pêdhut racun punika badhe kula pratelakakên ing bab: gas racun.

R. Pringgadiharja,

Leider gas sectie G.G.D.

Bat.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 4404 ing Ngayogya. Wisêl f 4,50 sampun katampi.

Lêngganan nomêr 2094 ing Kalisat. Blangko dipun bucal kemawon.

Lêngganan nomêr 3780 ing Ponggok. Sampun têlas.

Lêngganan nomêr 4748 Pêgajahan. Lêrês.

Lêngganan nomêr 2578 ing Sukabumi. Ingkang f 2 tumrap taun 1939.

Lêngganan nomêr 2768 ing Salatiga, ingkang f 1,50 tumrap taun 1939.

Lêngganan nomêr 4776 ing Mêntok. F 1,50 tumrap 3e Kw. '38.

--- 415 ---

Rêmbagipun: Petruk lan Garèng

Bab suryawirawan

I.

Petruk : Bêrsi-ap. Kang Garèng, yèn diabani: bêrsi-ap, ngono kuwi, sikile kudu ngadêg jêjêg lan rapêt, tangane andalujur rapêt karo awake, dhadhane mungal, sirahe andêngèngèk, lan aja lali, kudu anjonte... brutune.

Garèng : Wayah, Truk, anggone ngarani kuwi ambok sing barès: bokong mêngkono bae, kathik nganggo dikawèkake barang. Ora, Truk, mara aku saiki sawangên, adêgku kiyi apa wis dhinês, têgêse: apa wis nurut pranatan. Sabab têmtune kowe rak iya wis wasis mungguhing artikêl-artikêle suryawirawan, awit kowe wis kêpilih dadi kumêndhung.

Petruk : Yak, kang Garèng, ambok aja ngêlih-êlih jênêng mêngkono, sêtun-sêtun rak iya kumêndhan, ana kok diêlih kumêndhung. Nèk: kumêndhung utawa gumêndhung kuwi têgêse rak: gêmaib, gêmagus, kumalungkung...

Garèng : Apa iya ora cocog, ta Truk, wong lumrahe suryawirawan kuwi anggêr lawas sathithik, apa manèh yèn banjur wis olèh pangkat, kuwi lakune utawa tandang-tanduke sing akèh-akèh sok banjur apêtentang, apêtèntèng, apêtontong, mulane...

Petruk : Lho, apa karêpmu suryawirawan kuwi nèk lumaku kudu andhingkluk sajak ngalokro têrus-têrusan kaya wong kabotan ngèlmu kae, yak, mêngko rak banjur diarani suryawirawan... mêjanun. Ora mangkono, kang Garèng, wong dadi suryawirawan, kuwi ora beda karo wong dadi prajurit, kudu sing katon gêmaib, brêgas, gagah, lan tandang-tanduke iya kudu sing: cikat, tandang lan trêngginas. Dadi ing kono ana ing pasêmone bae wis kêtara, yèn samôngsa-môngsa ana gawe parigawe, wis tansah sumadhiya nêdya tumandang. Hla, rak iya kaya ngono sing jênêng satriya kuwi.

[Grafik]

Garèng : Wèh, wong iya seje wawasane wong jaman saiki karo jaman biyèn kuwi. Nèk miturut wawasane wong jaman biyèn, satriya kuwi tandang-tanduke mêsthi: alus, jatmika, lêntrêng-lêntrêng, malah ana sing diunèkake: ngidak têmbêlèk ora pènyèk kayadene bêndara Janaka [Jana...]

--- 416 ---

[...ka] kae, nanging yèn ana gawe parigawe, wah, cikating tandange, iya prasaksat kaya kowe nèk wêruh bakul pêcêl kae. Dene nèk tandange kaya sing kok kandhakake mau, kuwi malah sok diunèkake: bêdhigasan, pêndêlikan, lan pêcicilan, iki watake... buta cakil, Truk, utawa watake wong arêp nyêbrot, Truk. Nanging kapriye manèh, salin jaman, mêsthine iya: salin pranatan. Mulane aku iya mung: mu-pha-kat ngono bae. Wis, saiki pitakonku ing ngarêp wangsulana. Adêgku kiyi apa iya wis manut pranatan suryawirawan apa durung. Yèn durung, tumuli dumukên, apa kurange, yadug, yadug.

Petruk : Yak, ambok ora susah pênthêlêngan, kaya arêp ngêmplok-êmploka... ondhe-ondhe mêngkono. Ora, kang Garèng, pancène mono mungguh adêgmu kuwi iya wis kumplit.

Garèng : Rak iya mêngkono, hla wong iya aku, apa ngilang-ilangake anggonku wiwit cilik tansah ngudi nyang sêporêt. Malah kala samono aku nganti olèh mêdhali saka anggonku... ngêthèk oglèng.

Petruk : Aku ora maido, kang Garèng, mula iya nyata, anjogèd, apa manèh anjogèd cara kêthèk oglèng, kuwi pancèn kêna diarani: sêporêt. Mulane iya mèmpêr, yèn adêgmu kuwi wis kumplit, saora-orane wong iya wis kulina nyang sêporêt. Jalaran saka iku kêkurangane iya mung sa: nil, kang Garèng.

Garèng : Dadi rak mung sathithik, ta Truk, lumrah, wong isih anyar. Mara, tuturna kêkuragane sing mung sa: nil kuwi mau.

Petruk : Bêcik, kang Garèng, kang kapisan: anggonmu andalujurake tanganmu sing siji kuwi rada kêlêncêngan, nganti wujude banjur kaya untir-untir...

Garèng : Iki cara kêrise mono: êluk, Truk, ana ing sawangan malah mundhak luwês. Dadi kaya-kaya ora andadèkake sabab. Uwis, apa mung iki kurangane.

Petruk : Isih ana manèh, kang Garèng, sikilmu sing têngên, adêge rada andorankêtangi, kang Garèng.

Garèng : Iki kang jênêng satriya sêjati, Truk, ora mung tangane bae, sanadyan sikile pisan iya anggêndhewa pinênthang. Saya mundhak kèwês, Truk.

Petruk : Banjur yèn diabani: bêrsi-ap, kuwi adêge sikil loro kudu napak lêmah kabiyan, aja kok sing siji digawe: ngasmarandana cara menakjingga sing mangkene kae: eman-blang tak-eman-blang tak-wong abagus.

Garèng : Ambok sing siji jinjit ngono bae, kathik nganggo nglangêndiyan barang. Lho, kowe apa ara ora kulak warta adol prungon. Yèn aku kiyi wong rêsikan, tur ngati-ati bangêt. Ngisore sikilku têngên kiyi ana...têlèke lancung, Truk.

Petruk : O, iya, iya, wis ngrêti aku saikine. Kowe pancèn iya wutuh, ora ana cacade babarpisan, malah alus bangêt kaya... bligo.

--- 417 ---

Garèng : Wayah, prasaksat ora ana irunge ane, kathik diarani alus kaya bligo. Saiki panganggoku, apa iya wis kumplit.

Petruk : Bab panganggo pancène mono iya wis komplit, kacèke mung kurang dhisiplinê (kurang miturut pranatan sing wis ditêmokake ana ing kono) sathithik. Yaiku: yak, sêpatune kuwi ambok irêng, aja kok sêpatu tènis putih mêngkono.

Garèng : Maune aku iya wis tuku sêpatu irêng, nanging barêng têkan ing ngomah tak titi, jêbul kanggo... kiwa loro-lorone. Wayah, Truk, ambok aja rèwèl-rèwèl bangêt mêngkono, sing prêlu didhidhik kanggo suryawirawan kuwi: laire, apa batine.

Petruk : Sabisa-bisa iya loro-lorone. Awit miturut kandhaning uwong, jarene lair kuwi pêngiloning batin. Utawa: kang katon ana ing lair, kuwi umume iya sok anggambarake kabatinan utawa wêwatêkane uwonge. Kaya ta upamane mangkene: Sandhangane klumut ajêgan, dalasan lêngêne jase bae lepat-lepot sabab wêktune... pilêg upamane, ora migunakake saputangan, nanging cukup nganggo lêngêning jas mau, mara, laire katon anjêlèhi, kuwi batine utawa watake lumrahe iya kêmproh, crobo, lan sugih aras-arasên, seje karo yèn panganggone laire katon: nècis rêsik, lan rajin, saora-orane awake mêsthine iya krasa kêpenak, têmtune batine utawa watake iya ora sugih wêgah. Saiki mungguhe suryawirawan kudu nganggo sêpatu irêng, iki wis kalêbu ing pranatan, kang Garèng, saikine banjur nganggo sêpatu: putih, ijo, kuning, abang, biru, jambon pisan, dikênak-kênakake bae, suwe-suwe rak banjur ana suryawirawan nganggo sêlop, malah nganggo... gapyak.

Garèng : Iya uwis, liya dina bae aku tak bêsêtèl sêpatu irêng nyang... prombengan. Ora, Truk, saiki aku arêp takon nyang kowe. Genea têka dijênêngi: suryawirawan, ambok dimodhèrênake sawatara, upamane bae: kandhidhat jagoan, kang atêgês: bakal wong kang pêng-pêngan, utawa polontèr mênungsa, karêpe: calon manungsa, yaiku: titah kang luhur dhewe bêbudène, dadi iya ora tau ngrêbut sêgane wong liya, ora sawiyah-sawiyah marang sapadhaning umat, ora drêngki, ora...

Petruk : Wis, wis, wis, kang Garèng, ora prêlu kok banjur-banjurake. Saiki tak rêtèkake, mungguh karêpe dijênêngi: suryawirawan mau. Surya kuwi atêgês srêngenge, wirawan: satriya.

Garèng : Dadi satriya sing uripe saka srêngenge, wèh, iya satriya pe-las ane. Sabab panganggone mung sapêngadêg, yèn salin kudu pepe nyang alas. Dadi iya cêtha yèn uripe gumantung nyang srêngenge.

Petruk : Wiyah, wiyah, kok banjur ditêgêsake sing ora karuan mêngkono. Iki mung jênêng pêlambang bae. Liya dina mêngko tak andharake sing nganti mêmêt.

--- 418 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

Pamanggih enggal. R. Pranoto, punggawa lestrik ing O.J.S. Surabaya, sagêd manggihakên pirantos sagêdipun nyathok suwara radhio ingkang namung ngangge pirantos alit, amargi tumrap pirantos ingkang alit wau kathah sangêt kuciwanipun. Sarêng tuwan wau sampun sagêd manggihakên lajêng kacobi, pinanggih sagêd cêtha botên kêbawur dening suwara kintunan sanès. Ing salajêngipun kathah ingkang gadhah panêdha supados kawontênakên cobèn-cobèn.

[Grafik]

R.A. Notosoedirdjo seda. R.A. Notosoedirdjo garwanipun R. Kadarisman Notosoedirdjo, hoofdboekhouder pabrik Tasikmadu Surakarta, kala tanggal 26 Marêt seda, kenging dipun wastani gêrahipun dadakan, awit ing dalu ing sadèrèngipun seda taksih sagêd lênggahan wontên ing soos M.N. Kathah para agung ingkang sami rawuh nglayat, lampahing layon dipun jajari ing padvindêr J.P.O.M.N. tuwin Kridhamudha, layon kabêkta ing auto lajêng dhatêng Ngayogya. Dumugi Ngayogya tinampèn ing panjênêngan dalêm K.G.P.A.A. Prabu Soerjodilogo tuwin ibu dalêm punapadene para darah Pakualaman. R.A. Notosoedirdjo punika putranipun K.P.A. Notodirodjo, wayah dalêm K.G.P.A.A. Pakualam V, manawi saking ibu, wayah dalêm K.G.P.A.A. Pakualaman III. Kala dèrèng krama asma R. Adjêng Karlinah, satunggiling putri bangsa Jawi ingkang angsal dhiploma Europeesche onderwijzersacte ingkang rumiyin piyambak, ugi sampun nate dados guru wontên ing H.I.S. ing Ngayogya.

Rêkasoing lampah panggaotan kajêng. Panggaotan babagan kajêng ing Borneo punika manggèn ing Batu Licin, Borneo Pasir-Wetan. Kajêng ingkang dipun dagang awarni kajêng bêsi, ugi wontên sanèsipun, nanging botên kados kajêng bêsi punika. Eman dene lampahing kajêng wau wontên ing lèpèn ingkang kangge ngèlèkakên botên sagêd enggal, amargi lèpènipun ing ngriku kêbak sela. Ingkang makatên punika ingkang wajib lajêng badhe ngadani murih saening margi wau sarana dhinamit sela-sela wau.

Ulam sardèntjis wêdalan tanah ngriki. Cobèn-cobèn damêl ulam sardèntjis ing blèg ingkang dipun tindakakên dening Instituut voor de Zeevisscherij pinanggih sae. Ulam ingkang dipun damêl wau nama ulam lamuru, ingkang wontên namung ing sagantên supitan Bali tuwin Bawean. Rêginipun kintên-kintên sami kalihan ulam wêdalan Jêpan, nanging raosipun langkung eca.

Kamajênganipun panggaotan ing Tuban. Ingkang pinanggih ing Tuban, panggaotanipun têtiyang siti ing ngriku ingkang nama majêng ing bab dêdamêlan barang grabah tuwin pindhang ulam. Grabah ingkang warni kuwali, punika pangintunipun ngantos dumugi ing Bawean punapa. Panggenan ingkang ngêdalakên pindhang punika ing dhusun Palang tuwin Ngaglik. Ing sabên taunipun kuwali ingkang kangge wadhah pindhang wau ngantos wontên 210.000 iji, punika tumrap pindhang ingkang dipun damêl ing lautan, tumrap ingkang dipun damêl ing dharatan wontên 14.000 iji. Ulam ingkang dipun pindhang wau tongkol utawi têngiri tuwin sanès-sanèsipun. Tumrap sadhiyan kuwali ingkang kangge wadhah ulam pindhang kemawon ingkang dipun damêl saking têtiyang ing dhusun Sidorêjo wontên 8.765.000 ing sabên taunipun. Panganggening kuwali wau limrahipun namung sapisan, samangsa dipun pêndhêt ulamipun lajêng dipun pêcah.

Examencommissie H.B.S. ing Surabaya. Ingkang katêtêpakên dados examencommissie H.B.S. afdeeling leterair economie ing Surabaya ing taun 1938 punika, Dr. A.J.C. Krafft, guru pamulangan ngriku minangka gecommitteerde, tumrap basa Walandi tuwin Jêrman. Prof. Dr. C. Haest, hulppriester ing Surabaya, tumrap basa Inggris tuwin Prancis, Nyonya W.A.M. Kopp Wilmink, partikêlir ing Surabaya, tumrap Staatsinrichting, Staatshuishoudkunde tuwin Handelswetenschappen. L. van Randwijk, pangagêng Belasting-Accountants kantoor ing Surabaya, tumrap ilmu bumi Ds. H.A.C. Hildering, predikant ing Surabaya.

Mr. Dr. St. Mulia badhe dhatêng Sumatra. Wontên wartos, Mr. Dr. St. Gunung Mulia amtenaar dienst Algemeene Economische Aangelegenheden ing Departement Economische Zaken badhe dhatêng Sumatra, pêrlu badhe nyatitèkakên babagan tataning panggêsangan ing ngriku sapêrlunipun. Ingkang badhe dipun dhatêngi ing Palembang, Sumatra Pasisir-Kilèn, Nias tuwin Sumatra Pasisir-Wetan. Ing pundi panggenan ingkang dipun dhatêngi lajêng rêrêmbagan kalihan Pangrèh praja.

Indaking têtiyang ing tanah ngriki. Miturut petangan ingkang katindakakên kala cacah jiwa taun 1930, kintên-kintên dumuginipun ing taun punika indaking jiwa ing tanah ngriki sampun nyêlaki 70 yuta jiwa. Cacah samantên punika tumrap ingkang bangsa Walandi wontên 200.000, saha cacah samantên punika jalêr tuwin èstri ingkang nyambutdamêl wontên 72.000 jiwa. Sadaya wau ingkang 25 prêsen nyambutdamêl wontên pangrèh praja.

Pêrsarikatan Ulama. Pêrsarikatan Ulama ing Jawi-Kilèn benjing tanggal 14 dumugi 18 April ngajêng punika badhe ngawontênakên congres sêsarêngan kalihan golongan pakêmpalan wanita nama Fathimiyah, manggèn ing Majalengka. Kajawi ngrêmbag ing bab prêluning pakêmpalan, ugi ngawontênakên tentunstelling barang-barang dêdamêlanipun para warganing pakêmpalan.

Badhe ngagêngakên gêdhong G.H.S. Wontên wartos bilih gêdhong G.H.S. ing Bêtawi badhe dipun agêngakên, amargi ing sakawit gêdhong punika pancèn namung badhe kangge gêdhong Stovia, ingkang namung kangge sadhiyan murid 350, nanging sarêng dados pamulangan luhur, ingkang sinau wontên 700, lajêng katingal mênggah ing kirangipun. Bab punika sampun sami dipun sayogyani dening ingkang gêgayutan, namung kantun ngusulakên dhatêng parentah. Gêdhong wau ingkang dipun wêwahi ing perangan ngajêng, botên ngewahi gêdhong lami, nanging lajêng wangun tutupan. Jêmbaripun wontên 2000 m pasagi.

--- 419 ---

Sanatorium rakyat ing Kalisat. Pakaryan Kasarasan mêntas ngawontênakên parêpatan manggèn ing Jêmbêr, prêlu ngrêmbag adêging sanatorium ing Kalisat. Ing bab punika miturut rêmbagipun Pakaryan kasarasan ingkang dipun wakili dening Dr. Offringa, lajêng badhe dipun pasrahakên dhatêng S.C.V.T.

Ing bab salingkuhan barang-barang. Ing Kajawèn sampun nate martosakên ing bab barang-barang dagangan ingkang malêbêtipun ing tanah ngriki sarana salingkuh. Ing sapunika sampun wontên tiyang ingkang kêcêpêng, namung kêpalanipun ingkang nama Bansioeboen dèrèng kêcêpêng. Barang ingkang lêbêt saha wêdalipun sarana salingkuh wau, kajawi tèh ugi bangsa tênunan, barang warni kalih wau lêbêt-wêdalipun kadosdene lêlintonan.

Angin agêng ing Malang. Ing Malang mêntas wontên angin agêng ingkang nênggêl ing Malang Kidul, adamêl karisakan griya tuwin têtanêman, ngantos adamêl kandhêging lampah margi saking Malang dhatêng Blitar salêbêtipun 3 jam. Wontên lare ingkang tiwas 1 tuwin tiyang nandhang tatu 2.

Pabrik topèng gas. Pabrik topèng gas ing Ngagêl, Surabaya, anggèning damêl cobèn-cobèn sampun pinanggih cocog kalihan ingkang dados kaparênging paretah. Kajawi ing ngriku, ing Jawi-Kilèn inggih badhe dipun adêgi pabrik topèng gas, ingkang dipun adani dening bêbadan saking Singapura. Sagêd ugi taksih wontên panggenan sanèsipun ingkang badhe dipun êdêgi.

Pangrèh praja ing Lubuk Linggau. Jalaran saya kathahing têtiyang ingkang sami boyongan dhatêng Lubuk Linggau, ing ngriku prêlu dipun wêwahi pangrèh praja. Ing bab punika lajêng badhe kawontênakên pangrèh praja apangkat asistèn wêdana kêkalih, kapêndhêtakên ingkang taksih lamban.

Tosan ing Borneo. Kados botên dangu ing Borneo badhe kawontênakên papan pamêlikan wontên ing sacêlakipun Gunung Batu Bêsi. Ing ngriku punika isi pêlikan arêng sela tuwin badhe tosan.

Lampah anggêgana saking nagari Walandi dhatêng Bandhung wongsal-wangsul. Tatanan ingkang kawontênakên ing mangsa têrangan punika, lampahing motor mabur K.L.M. kawiwitan wontên ing tanggal 29 wulan Marêt. Pangkatipun saking nagari Walandi tuwin saking tanah ngriki katêtêpakên sabên ing dintên Slasa, Kêmis tuwin Sabtu.

Beatrix-Boulevard ing Bandhung. Ing bab usul namakakên panggenan ingkang rumiyin nama Carel Fabriciusweg lajêng kanamakakên Beatrix-Boulevard, sampun dipun tampèni dening gemeente saha dipun sayogyani.

Kalêpatakên ing bayaran sêkolah. Awit saking panêdhanipun bestuur Rukun Istri ingkang nindakakên wajib ing Stichting Rumah Piatu ing Gang Sêntiong, Bêtawi, kalulusakên dening gemeente, ing bab lare 23 ingkang sami sinau wontên ing pamulangan gemeente, kalêpatakên ing bayaran ngantos dumugining samêdalipun saking pamulangan wau.

Nyabutdamêl sêsarêngan. Ing sapunika wontên rêmbag bilih comite pênyokong Rumah Piatu Rukun Istri ing Gang Sêntiong badhe nyambutdamêl sêsarêngan kalihan bestuur Ati Suci. Miturut rancangan, benjing tanggal 7/8 Mèi ngajêng punika badhe ngawontênakên têtingalan tuwin nyade barang-barang dêdamêlanipun lare-lare lola ing Ati Suci.

Pasar Gambir. Sanadyan wontêning Pasar Gambir taksih dangu, nanging ing sapunika sampun wontên rancangan bilih pandamêlipun badhe dipun agêngi, makatên ugi dangunipun inggih badhe dipun indaki, wiwit tanggal 26 Agustus dumugi 10 Sèptèmbêr.

[Iklan]

Sadhiyan copra têlas. Miturut wartos sadhiyan copra ing Sèlèbês sampun têlas, kêbêkta saking majênging kintunan ingkang kabêkta dening kapal-kapal dhatêng nagari ngamanca. Kintên-kintên ing salêbêtipun wulan April sampun sagêd miwiti malih.

Tentoonstelling ing Sana Budaya. Nyarêngi benjing Sêkatèn wiwit tanggal 4 dumugi tanggal 14 Mèi ngajêng punika, Museyum Sana Budaya ing Ngayogyakarta badhe ngawontênakên tentoonstelling gêgaman Jawi ingkang sêpuh tuwin ingkang anèm, kados ta: dhuwung, tembok, towok sapanunggilanipun manggèn wontên ing Museyum, ugi kanthi ngawontênakên pandhean dêdamêl. Ingkang punika pangajêng-ajêngipun Sana Budaya, mugi wontên kaparênging pambiyantunipun para agung tuwin sintêna kemawon ngintunakên barang-barang kangge pêrluning tentoonstelling wau. Pangintunipun supados ing sadèrèngipun tanggal 1 Mèi. Tumrap sawarnining katrangan sagêd pitakèn dhatêng Museyum Sana Budaya Alun-alun Lèr, Ngayogyakarta.

Ambranahakên ulam forelle. Sampun sawatawis taun ing tanah ngriki ngawontênakên cobèn-cobèn mbranahakên ulam forelle sarana mêndhêt tigan tuwin ulam-ulamipun saking nagari Walandi. Nanging pinanggihipun sami botên dados. Sarêng ing taun 1935 ngawontênakên cobèn-cobèn malih, asli pêndhêtan wiji saking Australie awarni tigan. Ing ngriku sagêd pinanggih sae, kenging dipun wastani mèh dados sadaya. Papaning pangingah wau wontên parêdèn ing Sukabumi.

Gajah ingkang ngrêrisak. Ing sacêlakipun Saurmantingi, Padangsidhêmpun, wontên sabin 3 bau ingkang isi pantun sampun sêpuh dipun têmpuh ing gajah ngantos risak babarpisan. Gajah ingkang nêmpuh wau tiga. Kewan wau pancèn sampun dangu manggèn ing laladan ngriku, nanging botên ngrêrisak, sawêg sapunika purun ngrêrisak.

NAGARI WALANDI

Nyirami Putri Beatrix. Miturut wartos, anggènipun nyirami Putri Beatrix dhatêng greja agêng ing Den Haag benjing salêbêtipun wulan Mèi ngajêng punika. Dene tanggal tuwin tumindaking upacara dèrèng katêtêpakên.

Sampun têdhak pêpara. Sripaduka Prinses Juliana tuwin Sripaduka Prins Bernhard sampun miyos pêpara nitih auto saking Soestdijk.

Kapal Tromp kacobi. Kapal Tromp sampun kacobi kangge layaran wontên ing Noordzee, laminipun kalih minggu, pangkatipun saking den Helder.

ASIA

Têdha tumrap Tiongkok. Ing bab têdha punika tumrap ing mangsa paprangan ingkang pinanggih langkung wigatos, mila ing sapunika pangagêng praja Tiongkok ngudi murih indhaking têtanêman ingkang baku dados dhêdhasaring têdha, kajawi punika ugi ngudi murih têtiyang sami nanêm têtanêman ingkang bangsanipun têtêdhan, nyuda têtanêman ingkang pamêdalipun namung kangge pêrlu sanès.

Chiang Kai Shek dhatêng madyaning paprangan. Miturut wartos, maarschalk Chiang Kai Shek sampun bidhal dhatêng madyaning paprangan, bidhalipun numpak motor mabur saking Hankow dhatêng Chengchow. Mênggah wigatosipun badhe nyenapatèni wadya Tionghwa ingkang baris wontên margi sêpur Lunghai.

--- 420 ---

Wêwaosan

II. Lêlampahanipun Sêtayor lan Dèwi Wasilisah

63

Ing kala punika tiyang ingkang ngemba utusanipun Prabu Kaliyên wau sampun dumugi ing sangajênging kitha Kiyèp, wontên ing ngriku para pangiringipun lajêng sami adamêl pakuwon minôngka kangge ngaso. Dene tiyang ingkang ngemba utusan wau lajêng piyambakan anglajêngakên lampahipun nuju dhatêng kadhatonipun Prabu Wladhimir. Sarêng dumugi ing alun-alun ngajêng kadhaton, kapalipun lajêng kacancang wontên ing ngriku, piyambakipun piyambak tanpa mawi larapan, lajêng anggobyag korining kadhaton, saha lajêng lumêbêt anjujug wontên ing bangsal pasamuwan. Sadumuginipun ing ngriku, piyambakipun lajêng nêlungakên badanipun, ing sakawit tumuju dhatêng Prabu Wladhimir, lajêng dhatêng sang pramèswari, wêkasanipun lajêng tumuju dhatêng putra kapenakan nata, Dèwi Sabawah.

Wara Wasilisah ingkang ngemba priya, munjuk dhatêng Prabu Wladhimir makatên:

Sêmbah bêkti kawula mugi katur dhumatêng Prabu Wladhimir. Kawula punika pun Wasilya, sowan kawula mriki kautus ing gusti kawula Prabu Kaliyên, nata binathara ingkang angratoni para prajurit Tartar sadaya.

Prabu Wladhimir amangsuli: bangêt ing panarimaningsun, dene sira atur sêmbah bêkti marang panjênênganingsun. Sira lungguha kang kapenak, lan yèn sira gêlêm, tumuli majua mrene bojana bêbarêngan karo ingsun. Mangkono uga sira ingsun lilani ngaso ana ing kene sawatara supaya ilang sayahmu.

Wara Wasilisah umatur sêmu sêrêng makatên: sowan kula mriki punika botên nêdya sênêng-sênêng sarta inggih botên nêdya ngaso, nanging kautus ing gusti kawula Prabu Kaliyên, kadhawuhan mundhut bulubêkti nata dhatêng gusti kawula wau laminipun kalihwêlas taun. Dene kawula piyambak nêdya nyuwun putra kapenakan nata Dèwi Sabawa kanggea têtimbangan kawula.

Prabu Wladhimir: Wasilya, aturira ana ing ngarsaningsun wis ingsun tampa. Nanging andadèkna kawruhanira, miturut adat tata carane ing praja Ruslan kene, ora ana bocah wadon kang isih kênya diomah-omahake kang tanpa ditari dhisik. Mulane putra kapenakaningsun, ingsun tarine dhisik apa kira-kirane saguh dadi jodhonira.

Sasampunipun ngandika makatên, sang prabu lajêng jumênêng saking palênggahanipun, nimbali putra kapenakan nata ingkang kaajak lumêbêt ing kamar saha lajêng kadangu punapa sagah dados semahipun utusanipun Prabu Kaliyên wau. Nanging sang putri botên ngaturi wangsulan punapa-punapa kajawi namung gèdhèg kemawon. Sang prabu ingkang ing sêmu ajrih dhatêng utusan wau, nêdya amêksa dhatêng Dèwi Sabawa supados puruna anglampahi. Saking adrênging krêsanipun sang prabu wau, ing wusana sang putri lajêng umatur:

Dhuh, rama prabu. Punapa rama prabu botên sagêd nguningani bilih tiyang punika sanès utusanipun Prabu Kaliyên, nyatanipun tiyang punika èstri ingkang ngemba priya. Manawi rama prabu krêsa angyêktosi, têmtunipun sagêd uninga, bilih lampahipun tiyang punika sêmpoyongan kados menthog, nalika mapan linggih dhêngkulipun kalih pisan rapêt, wicantênipun kados tiyang èstri, bangkekanipun bundêr, tanganipun alus, darijinipun mucuk êri, sarta wontên tilasipun sêsupe, sadaya wau rak inggih nelakakên bilih ingkang rewa-rewa utusananing nata punika sajatosipun pancèn tiyang èstri lugu. Gèk kadospundi manawi ngantos kalampahan kawula kadhaupakên kalihan tiyang punika. Punapa ing têmbe botên andadosakên sabab bilih kawula kêkalih badhe gêsang nalôngsa.

Midhangêt aturipun Dèwi Sabawa ingkang makatên wau, Prabu Wladhimir lajêng dhawuh makatên:

Jajal ingsun titipriksane, yèn pancèn wanita mêsthine ora bisa adu karosan sarana bantingan kaya priya.

Sang prabu lajêng dhawuh milih prajurit pitu cacahipun ingkang rosa sarta ingkang sami kawêntar mênggahing prigêlipun bantingan. Tiyang pitu wau lajêng kadhawuhan dhatêng ing alun-alun, sasampunipun sang prabu lajêng angandika dhatêng Wara Wasilisah makatên:

He, Wasilya, yèn sira nyata utusaning Prabu Kaliyên, saiki sira ingsun coba mungguh ing karosanira, sarana ingsun dhawuhi adu bantingan karo prajuritingsun pitu cacahe, yèn sira mênang, pancèn nyata sira utusan nata kang sajati. Wis, tumuli mêtua ing alun-alun.

Wanita ingkang ngemba utusaning nata wau lajêng nêlungakên badanipun tumuju dhatêng sang prabu, sarta lajêng mêdal ing Jawi. Wontên ing alun-alun prajurit pitu ingkang sami gagah prakosa wau sampun sumadhia sumêdya anglampahi dhawuh nata, inggih punika: abên karosan sarana bantingan kalihan utusanipun Prabu Kaliyên. Nitik dêdêg-piadêgipun ingkang sakalangkung santosa punika, kados awis tiyang ingkang badhe sagêd ngawonakên mênggahing karosanipun prajurit pitu wau.

Badhe kasambêtan.

--- 53 ---

No. 14, 3 April 1938, taun IX

TAMAN BOCAH

INGKANG NGÊMBANI: BU MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CENTRUM, RÊGANE SATAUN F 1.50 KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.

MANGSULI LAYANG

Sulardjo, Kêbon Sirih, Batavia-Centrum. Wis antara suwe kowe ora milu lêlangèn ing T.B., ayake lagi ribut pagawean sêkolahan, rak iya ta? Djo, karanganmu wis daktampa, nanging lagi dakpikir-pikir dhisik dipacak utawa orane. Upama ora bisa kapacak, iya coba ngirimana liyane manèh kang luwih apik, lan kang durung patia kêlumrah.

S. Har, Surakarta. Layang lan gambaranmu wis daktampa, ora liya bangêt panrimaku. Aku uga wis mangêrti critamu bab jogèd golèk. Dene sing njogèd bocah umur 5 taun. Iya pancèn anggumunake, ing ngatase bocah cilik bisa njogèd manut iramaning gêndhing. Mula nyênêngake ya Har, ndêlok jogèd golèk, sing njogèd bocah² kira² umur 5 têkan 8 taunan, dene yèn wis luwih gêdhe² iya pancèn wis ora lucu manèh.

Partini p/a R. Soeparto klerk postkantoor Tuban. Pitêpunganmu wis daktampa kanthi bungah. Salamku nyang kancamu Sri Woelan.

Wijati, Cungkal. Wah Ti, wis duwe adhi siji manèh, wah ya saya sênêng lan rame. Bu Mar milu mêmuji, muga² adhimu sing nêmbe lair, pinaringan waras, enggal gêdhe lan ndang mlêbua sêkolah, banjur milu lêlumban ing Taman Bocah.

Senick, Magêlang. Aja pisan dadi atimu, ya, karangan lêluconmu ora bisa kapacak. Coba gawea karangan liya manèh sing luwih apik.

Soeseno, Klathèn. Aku wis tampa layangmu, lan layang saka Sum uga wis dakkirimake, manawa saiki kowe wis tampa. Cuwa dene kowe sasêdulur durung bisa ngirimi potrètmu.

Soetana, Surabaya. Karangan lêlucon lan dongèng wis kêtampan, bangêt panrimaku. Lêlucon srekalan, èlèk, ora bisa kapacak.

R.A. Wahjoenah, Japara. Aku bungah bangêt kok kirimi potrètmu, bapak, ibu mbakyu lan adhimu. Bakal daksimpên ing album kanggo pangeling-eling.

Soeradi, Blimbingweg, Sêmarang. Karanganmu wis kêtampan, ora liya bangêt panrimaku.

Pratikto Hadi Poernomo, Pacitan. Karanganmu aku wis tampa, isih dakpikir-pikir dhisik, kapacak utawa orane.

Sis Ngayogya. Karanganmu wis daktampa, bangêt panrimaku. Sis, yèn pinuju vacantie, mangka kowe mulih nyang Kêbumèn lan njaluk supaya T.B. dikirimake nyang Kêbumèn, luwih bêcik kowe ngirimana layang nyang administratie bae, murih cêthane. Bab adrès-adrèse bocah Kêbumèn, liya dina bae, awit lagi ora kèlingan jênênge, mangka layang-layange kudu digolèki dhisik.

M.D. Asri, Blitar. Indinah ing Purwakêrta arêp examen eind Mulo. Dene yèn wis entuk, êmbuh arêp sêkolah nyang êndi, bu Mar durung dicritani. Ing Bêtawi uga usum langsêp, nanging bu Mar ora tau tuku. Kowe aja kakehên mangani langsêp mundhak lara wêtêng kaya kancamu. Wah Sri ing Btw. sabên sore, mêsthi udan, nganti ora bisa mlaku-mlaku sore.

Uncle Sum, Singapur. Karangan kanggo Jagading Wanita wis dakaturake nyang rama Hoofdredacteur, nanging ora bisa kapacak, saiki isih daksimpên. Prangko sing mêsthine kanggo nang Blitar dakênggo ngirimake layangmu nyang Soeseno Klathèn. Nanging "My Cup of Bitterness" ora daktêrusake nyang ngêndi-êndi, jalaran tumrap panêmuku ora prêlu kanggo dituduhake nyang bocah-bocah sarta kurang prayoga kanggo tuladha bocah-bocah "Shanghai under the fire" wis daktampa, bangêt panrimaku, saiki lagi diwaca Soeharto lan kanca-kancane sêkolah, Uncle Sum, aja pisan dadi atimu, karangan-karangan candhake wis dakwaca kabèh, nanging ora bisa kapacak, awit kurang prayoga uga. Aku iya kêpengin macak, nanging yèn ora apik, iya kapêksa ora macak, muga aja dadi atimu.

Setijono p/a Panewu Jênawi M.N. Aku wis tampa karanganmu cangkriman têlung warna, bangêt panrimaku. Cangkriman sing nomêr I wis kaprah bangêt, dene sing nomêr 2 lan 3 bokmanawa bisa kapacak.

Layang liya-liyane bakal dakwangsuli Sêtu ngarêp.

Bu Mar

--- 54 ---

BOCAH MURANGSARAK

Ing sawijining desa cêdhak karo kutha Fort van der Capellen, Sumatra, ana randha duwe anak siji omah cilik. Omahe bok randha mau pagêre gêdhèg nanging wis akèh kang padha rusak, lan payon wêlit, wis padha trocoh. Samangsa randha mau ndondomi nganti bêngi bangêt lan banjur ana angin, dhèwèke nganti mèh ora bisa nyêkêl dome, awit saka anyêse tangane. Yèn trocohe bangêt dhèwèke nganti ora bisa nyambutgawe, nanging anake wedok kuwi ora ngêrti, amarga bocah mau turu ana ing panggonan kang kêpenak tur brukut lan ora trocoh. Bok randha yèn turu trima ana ngisore paturone anake. Wong mau yèn tangi esuk bangêt lan banjur nyambutgawe ana ing pakarangane. Kêbone mau ditanduri tela rambat, têbu lan jagung, samangsa wis panèn banjur diêdol mênyang kutha. Ngono kuwi abot-abote ngingoni anak. Bok randha panganggone trima sarung luwas lan klambine sêmono uga. Nanging anake mêsthi diênggoni sandhangan kang apik-apik lan rêsik-rêsik padha karo bocah-bocah anake wong kang sugih. Yèn biyunge bocah mau nyambutgawe, bocah mau dolanan, arang-arang bangêt gêlêm rewang-rewang. Dhèwèke ora ngêrti yèn biyunge ngrêkasa olèhe nyambutgawe. Yèn bokne olèh pangan, mêsthi diwèhake dhèwèke, bokne trima mangan sêga pêra lan uyah thok. Anake bok randha mau banjur kêmayu lan ora ngèlingi kaanane.

Ing sawijining dina bok randha arêp anggawa jagung mênyang panggonane sudagar ing kutha. Nanging jagunge rada akèh, dadi anake dikon ngrewangi anggawa. Anake mau bangêt ora sênênge dikon nyunggi jagung lan iya uga isin nginthil êmbokne. Barêng wong loro mau têkan omahe sudagar, banjur padha dikon lumêbu lan banjur disuguh wedhang.wedang. Ora lêt suwe anake clathu karo kang duwe omah mangkene: "Pak Siman, kula matur nuwun sangêt dika suguh, nanging bok êmpun rêkasa-rêkasa ngopèni tiyang niku. "Anggone calathu mangkono iku karo nudingi bokne. Bacuting gunême: "Niku batur kula." Bok randha banjur dikon mênyang burine.

Kang duwe omah mangsuli: "Ênggih, nanging bok kajênge ngriki mawon." Bok randha ethok² ora krungu, nanging sajatine nêlangsa bangêt, dene anake clathu mêngkono. Banjur mrêbêsmili, nanging kang tuku jagung ora ngêrti. Barêng dhuwite wis ditampani, wong loro mau banjur padha lunga. Bok randha lakune ana buri lan karo susah bangêt lan lêt watara adoh banjur anake ana buri. Sêdalan-dalan bocah mau kaya dituturi wong ing kupinge: "Kowe kuwi atimu têka ala têmên lan têka gawe susahe wong tuwa. Bokmu tututana, lan banjur njaluka pangapura." Nanging bocah mau ora mikir mênyang suwara mau. Srêngengene wis dhuwur, mulane panase bangêt, mangka dalane akèh watune kang landhêp². Bocah mau lakune sangsaya alon lan êlête karo bokne dadi adoh. Dhèwèke wis kêsêl bangêt lan uga ngêlak. Ora lêt suwe bocah mau wêruh bêlik, banjur marani arêp ngombe. Barêng dhèwèke arêp nyidhuk, lêmah kang diênciki mau ambrol, dhèwèke kêcêgur, banyune nganti têkan wêtêng. Bêlik mau ora pati jêro, lan bocah mau saya suwe saya amblês, kaya ana kang nyêrot.

Barêng ngêrti yèn amblês, nuli njêrit: "Bok, bok! Nanging bokne ora krungu. Banyune saiki wis têkan cangkêm, dhèwèke banjur njêrit manèh kaya kang uwis, nuli mak glêgêg têrus ora ketok.

Bok randha olèhe mlaku ngunclung bae ora nolah-nolih. Barêng mengo anake ora ketok, bangêt kagète. Dhèwèke banjur undang-undang, nanging mêksa ora ana wangsulane, banjur digolèki.

Ora antara suwe bok randha têkan bêlik, kang banyune maune antêng, nanging saiki ana tuke gêdhe karo mumpal-mumpal kaya wong sambat: "Bok, bok!" bok randha banjur ndodok ngrungokake, ya krungu manèh kaya kang uwis. Bok randha banjur ngêrti bae yèn anake ilange ana kono, nuli nangis karo nênuwun marang Pangeran. Nanging wis ora ana gawene, awit wis kasèp. Mula banyune bêlik mau dadi panas, kuwi kira-kira luhe bocah mau, tandhane kêduwung.

Soetana, Surabaya.

Lêlucon

Sidin wêruh Wangsa ana sacêdhake lawang bioscoop kang kêpadangan ing diyan listrik, ketok lagi susah.

S. : "E, kowe kelangan apa?"

W. : "O, aku kelangan pêniti mata intên."

S. : "Coba, eling-elingên dhisik, olèhe tiba ana ngêndi?"

W. : "Kuwi tibane ana ngarêp warung, kalane aku lan bojoku padha mangan."

S. : "Lho, kênang apa têka ora kok golèki kana?"

W. : "Ya, sabab ana kene luwih padhang, dadi aku bisa wêruh cêtha."

Purwakanthèn

Guru : "Bocah-bocah timbange nganggur ayo padha purwakanthèn. Aku dhisik sing nglêkasi mêngko kowe kabèh kudu nyambungi. Timbangane awan turu!"

Larsa : "Aluwung maca buku."

Dari : "Buku sing pêrlu."

Simin :"Ayo kabèh mitraku."

Dali : "Sing padha kêrêp nglayangi sibu."

Guru : "Ee,... Din, aja ngantuk wae ayo milu nyambungi."

Sidin : "Napa, pak guru, kula sawêg sakit ngêlu, napa kula kenging pamit turu?"

S. Har, Surakarta.

--- 56 ---

Halaman 55 tidak ada

[Grafik]

1. Si Kuncung lagi sênêng bal-balan.

2. Wêruh wong nyomprèt jêmpolan.

3. Bal dibuntêtake nganti kêlèt.

4. Si Kuncung tiba krengkangan kêna mimising somprèt.

AJA DHÊMÊN MADU PRAKARA KANG TANPA PRÊLU.

Ana wong gundul têlu lêlungan adoh, barêng wayah bêdhug awan padha lèrèn ana sangisorasangisore. wit kêsambi, ndilalah wong têlu mau padha wêruh barang gumlêthak ing pasukêtan kang nêdhêng kêpanasan katone mêncèrèt kaya barliyan. Siji-sijine niyat arêp ndarbèni barang mau, nuli bêbarêngan mênyat saka palungguhane. Rèhne nunggal karêp, lan padha nguwatirake mbokmanawa ora kêna ing dhèwèke salah siji, mula banjur padha udrêg, nganti dadi gêlut, wêkasane padha nandhang lara saka anggone padha rêbut mênang. Anuli wong têlu mau salah siji kandha, kaya arêp ngadili: "E, kabèh mitraku, sabêcik-bêcikane padha rêgêjêgan, luwih bêcik barang kae takjupuke, mêngko kadarbea ing wong têlu kang adil, samangsa ana kang nêdya ora rukun, apike njaluk bêbênêraning pangadilan. Rêmbug mau padha disarujuki, anuli matah salah sawiji supaya njupuk barang mau. Sapira kagète barêng sumurup yèn barang kang marakake garêjêgan iku sawijining jungkat jênangan kang gilap jalaran kêna soroting srêngenge, kang satêmêne babarpisan tanpa paedah tumrap wong gundhul têlu mau. Wêkasan padha ngrasa kêduwung marang lêkase.

Soehestri, Sumpiuh.

DANDANGGULA

(Taman Bocah)

I.

Taman bocah sabên Saptu prapti

Ambabarkên sangungingsagunging. piwulang

Marang pra sadulur kabèh

Antuk sihing jêng ibu

Nuntun putra kang datan bangkit

Bocah-bocah asuka

Osiking tiyas munculLebih satu suku kata: Osiking tyas muncul.

Cahyane saya katara

Apratandha yèn mbangun turut mring Wibi

Hyang Suksma nêksènana

II.

Taman bocah nyata munpangati

Anambahi sugih pawong mitra

Mangka doh-adoh anggone

Ana kang nyabrang laut

Nanging bisa kirim-kinirim

Bobote amung layang

Uga bisa têpung

Cacak milu amêmuja

Awèt langgêng nggonira mêmitran sami

Harja ingkang pinanggya

Tjatjak: Timan.

--- [57] ---

SANDI PÊPÊTHAN

[Grafik]

Sêdulur-sadulurkusadulur-sadulurku. kabèh, gambar ndhuwur iki sawijining kêbon kang luwih rêja.

Dêlêngên pitike sapirang-pirang, manuk, asu, kucing, sapi lan jaran sak bêlone.

Ing kono wonge ya akèh bangêt, sing cêtha loro, sing ora cêtha kèhe rong puluh.

Coba golèkana!

KAELOKAN LAN ADILING ALAM

(Candhake)

Sang Adipati bangêt duka lan ngungune dene kok ana lêlakon kang nganèh-anèhi mau, nanging rèhning Sang Adipati mau sawijining priyagung kang kuwat lan kêras panggalihane, mulane apa-apa kang ora kêna dirampungi marang panjênêngane, tumuli kadhawuhan apa sakarêpe Sampoerna, klayan diparingi sangu sacukupe, tekade Sampoena arêp ngumbara klayan nêgês marang kang Murbèng Dumadi.

Nanging ndilalah, manungsa mau iya nuju pinaringan sangsara ora kaya manungsa, lan kosokbaline yèn pinuju sênêng ora kaya manungsa. Dene Sampoerna nduwèni tekad ngumbara mau, ora liya kêjaba, sapisan barang darbèkidarbèking. wis êntèk diwènèh-wènèhake marang wong kang kacingkrangan, kapindhone dhèwèke wis urip lola, luwih bêcik mlayang-mlayang (ngumbara) ora karuan sing dituju lan ora karuan sing dijujug.

Nanging mêsakake bangêt tumrap Sampoerna, dene olèhe mlaku durung sêpira dohe, kêbênêran wis kêsaru mêndhung tumuli grimis, lan lakune Sampoerna kêbênêran tumêka ing bulakan sawah-sawah. Rèhning adoh lor lan adoh kidul, dadi lakune dibacutake karo ngagas-gagasnggagas-nggagas. pêpêsthèning urip lan pasrah karo kang Gawe Urip.

Dumadakan tanpa kinira-kira, Sampoerna tumuli disambêr blêdhèg, nganti dadi patine. Barêng wis têrang, ana wong tani kang niliki sawahe, kuwathir bokmanawa kabanjiran, nanging sapira kagète, dene wêruh mayite bocah nonoman kang gilang-gilang, mêmêlas bangêt. Mayit mau nuli dicêdhaki lan dititipriksa, wong tani mau bangêt ngungun lan gêtune, dene mayit mau ora liya, yaiku Sampoerna putrane Sang Pandhita kang ambêkdarma, tumuli wong tani mau enggal bali mulih pêrlu lapor marang pulisi desa. Cêkake rêmbuge para prabot desa, mayite Sampoerna diaturake marang Sang Adipati mitrane Sang Pandhita, lan kang nguwasani sarta mbawahake desa mau. Barêng Sang Adipati priksa mayite Sampoerna kang mêmêlas mau, panggalihe kraos lan gêtun, dene ing donya kok ana lêlakon kang nganèh-anèhi, nganti panjênêngane judhêg ora ngêrtos pêpêsthèning wong urip lan kudu tumindak sing kaya apa manèh? Mangka tumrape Sang Pandhita lan Sampoerna ora kurang-kurang ênggone têtulung marang wong-wong kang kêsrakat, malah ngungkuli panjênêngane. Mulane saking judhêging panggalihe, èpèk-èpèke Sampoerna ditulis mangkene: "Saiki nyata yèn Allah iku pancèn ora ana, lan upama ana pisan, kurang adil." Sang Adipati banjur paring tapak asta (Susela). Nitik saka asmane Sang Adipati wis nyata yèn panggalihe pancèn ora kêras lan ora pracayan. Su têgêse luwih, Sela têgêse watu, dadi panggalihe atos (luwih atos katimbang karo watu).

Lêt rong taun karo lêlakon mau, Sang Prabu kang mbawahake Sang Adipati mau kagungan putra kakung. Bangêt kagèt lan ngungune Sang Prabu barêng pirsa, yèn ingastaniing astane. kang putra mau ana ciri tulisan kang unine kasêbut ing dhuwur mau, lan ana tandha asmane Sang Adipati Susela. Bangêt dukane barêng nyata yèn sing ngasmani lan tandha astane mau ora bakal pangling, yaiku tandha tangane Adipatine dhewe, mulane tumuli utusan nimablinimbali. Sang Adipati kang tinimbalan bangêt kagèt lan ajrihe, dene kadingarèn Sang Prabu nimbali klawan dadakan lan kêsusu kudu barêng karo utusan. Rèhning dununge kadipatèn mau adoh karo kraton, dadi tindake Sang Adipati mau karo nggalih apa kang dadi wigatine lan paukuman apa kang bakal tumiba ing sarirane. Barêng wis sowan, Sang Prabu klawan duka paring dhawuh, yèn Adipati ora sagêd ngilangi tulisan ing astane ingkang putra, Sang Adipati bakal disedani. Saking judhêg lan ajrihe marang Sang Prabu, tumuli Sang Adipati prihatos ora dhahar lan ora sare klayan pêrcaya lan nyênyuwun marang Allah. Barêng olèhe prihatos jangkêp 7 dina 7 bêngi, tulisan kang ana astane putra raja mau ilang. Wiwit dina iku uga lan sabanjure, Sang Adipati ngandêl yèn Allah iku mula ana lan adil ing sabarang kang dikarsakake.

Cuthêl

Jat, Jêmbêr

--- [453] ---

Ôngka 28, Rê Le, 5 Sapar Jimawal 1869, 6 April 1938 Taun XIII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining Kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pordhêkok - Kondur Dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana - Murya Laras (Kongsèr) -Tandhak Lêsung - Kawontênan ing Mêsir - Lotre - Pangothak-athik: Ringgit Wacucal - Ngemba Rekadayanipun Dr. Pasteur - Bab Suryawirawan - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.

Pordhêkok

[Grafik]

Sêsawangan mêsjid Agêng ing kitha Pordhêkok, Sumatra Kilèn

--- 422 ---

Kondur Dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana

Nalika dintên Sênèn ingkang sampun kêpêngkêr, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana kondur dumugi ing Tanjung Priuk, saking têdhak ing Palembang, Sumatra Wetan, Rio, Bangka lan Biliton.

[Grafik]

Kondur dalêm wontên ing Tanjung Priuk dipun papag dening komisi agêng, minggah dhatêng kapal, punapadene wontên ing dharatan dipun wontênakên barisanipun wadya pakurmatan ingkang jangkêp saha musikipun pisan. Kapal pêrang Kortenaar ngungêlakên mriyêm minôngka ngurmati kasugêngan dalêm.

Kapal-kapal sanèsipun ingkang nalika samantên nuju labuh wontên ing Tanjung Priuk sadaya sami manjêr bandera agêng alit, makatên ugi gêdhong-gêdhong gupêrmèn lan partikulir ugi sami manjêr bandera.

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana tuwin sadaya pandhèrèk, ing sasampunipun mriksani wadya pakurmatan lajêng nitih oto kondur dhatêng Bogor.

Ing nginggil punika gambar dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana nalika mandhap saking kapal mirêngakên musik lagu Wilhèlmus.

--- 423 ---

Kagunan Jawi

Murya Laras (Kongsèr)

Sambêtipun Kajawèn nomêr 27.

Kajawi punika tatananing kêndhangan inggih sok kirang mungguh kalihan pamantêsing gêndhingipun, kados ta, inggahing gêndhing Titipati, Lobaningrat, Logondhang sami dipun kêndhangi ciblon punika tumrap para ahli, botên sakeca, punapadene sanadyan gêndhing ing laras pelog nêm, slendro sanga lan sanèsipun ingkang minggah kêthuk 8, anggènipun nyiblonakên sok dipun brêgodog kemawon, inggih punika sawêg dumugi gong sapisan saking inggahing gêndhing kêndhanganipun sampun ciblon. Wah, punika tumrap para ahli lajêng nyungir kados ngunjuk jampi ingkang kêkathahên inggunipun. Tinimbang dipun brêgodog makatên, ambok inggih dipun turutakên cara lami kemawon, inggih punika dumugi gong wiwitan inggahing gêndhing wau taksih ngangge wirama lômba, bibar gong lajêng lumampah tamban, angsal satêngah kênong sampun tamban, lajêng kêndhanganipun kosekan dumugi kênong wiwit ciblon. Lo cara lami makatên punika sae sangêt lan miraos sakeca tumrap pamirêngipun para ingkang sampun ragi ahli gêndhing.

Sadaya katranganing karisakan nginggil punika, tumrap para ingkang dèrèng sagêd nampi raos karawitaning gêndhing, bokmanawi sami dèrèng kraos manawi makatên punika risak, tandhanipun mêntas mirêng gêndhing Marasônja utawi Kombangmara, lajêng mirêng gêndhing Sinom Parijatha utawi Kinanthi Pawukir punapadene Pangkur Palaran sapanunggilanipun inggih anglêr kemawon. Êlo, la punapa gêndhing Sinom Parijatha sapanunggilanipun punika tumraping para ahli punapa gêndhing awon utawi botên sakeca. Lo, punika pitakenan sêling-sêrêp, tumraping para ahli gêndhing Sinom Parijatha sapanunggilanipun punika inggih gêndhing sae lan sakeca janji mapan panggenanipun, kosokwangsulipun, sanadyan gêndhing Kombangmara utawi Kadukmanis sapanunggilanipun, manawi botên mapan ing panggenanipun, para ahli inggih gundam-gundam.

Awit saking makatên, mila saupami dipun wontêni kursus nyinau ngolah raos lan pangrêtos kangge nampi wêwilêtan karawitaning gêndhing, bokmanawi prayogi sangêt, wondene saking pangraos kula kursus wau sagêd katindakakên ing sèndhêring radhio, mênggah panindakipun botên sagêd kula sêrat ing ngriki, awit pirantosipun botên gampil dipun sêrati, sarta kêdah mawi suwara ingkang kangge nêrangakên bab wêwilêtan karawitaning gêndhing. Bab wontêning kursus wau, manawi wontên salah satunggaling bêbadan utawi sintên kemawon ingkang ambêtahakên, kula kêconggah lan sagah ngwontêni kursus wau janji samêkta pirantosipun ingkang botên ngrêkaosakên panindak kula, anggèn kula sagah punika sabab kula sampun gadhah pathokan cara-caraning panindakipun.

Kodrat, Batawi Sèntrêm

--- 424 ---

Tanah Dalah Têtiyangipun

Tandhak (Talèdhèk) Lêsung

Ingkang dipun wastani talèdhèk lêsung punika, nutu pantun ngangge dipun jogèdi tuwin dipun sindhèni. Ingkang wontên talèdhèk lêsung ngêmungakên ing tanah pradikan Makam, bawah kabupatèn Purbalingga.

Manut katranganipun Paduka Tuwan Dhoktor Th. Pigeaud nalika kula sowan ing dalêmipun (24-7-'37), talèdhèk lêsung punika pancèn kala rumiyinipun dados srananipun ningkahakên pangantèn, inggih punika ing sadèrèngipun tanah Jawi klêbêtan agami Islam, Indhu, lan sanès-sanèsipun. Dumuginipun samangke, talèdhèk lêsung lajêng dados upacaranipun tiyang gadhah damêl mantu, têtakan, tuwin sanès-sanèsipun. Têrangipun makatên:

Têtiyang ing tanah pradikan Makam lan sakiwa-têngênipun, ingkang kacêkapan, samôngsa badhe gadhah damêl mantu, wos ingkang badhe kangge walimahan, panutunipun ngangge talèdhèk lêsung. Botên sabên tiyang sagêd anjogèdi, milanipun inggih wontên panuntunipun ingkang kasêbut: dhalang talèdhek lêsung, saha pangênutipun, inggih punika ingkang nutu sarta anjogèdi.

Tatacaranipun têtiyang ing tanah pradikan ngriku, ingkang kacêkapan, samôngsa badhe gadhah damêl mantu, kirang 7 dintên (limrahipun 3 dintên) saking ijabing panantèn, pangatèn jalêr (calon) lajêng dhatêng ing griyanipun calon pangatèn èstri. Rintên dalu, calon pangantèn jalêr èstri, kenging sêsrawungan, namung dèrèng kenging nunggil sapatilêman. Kirang sadintên saking panggihipun, inggih punika ngajêngakên midadarèni, barang bêbêktaning pangatèn jalêr ingkang awarni têtêdhan sapêpakipun, saha pangangge warni-warni ingkang awarni guru bakal guru dadi, (inggih punika ingkang limrahipun dipun wastani: sarahan) dipun dugèkakên dhatêng panggenanipun pangantèn èstri. Ing dintên punika, wiwit enjing kintên-kintên jam 9 enjing, panggenan pangantèn èstri sampun nanggap talèdhèk lêsung, inggih punika ngiras nutu pantun ingkang badhe kangge wilujêngan ing dintên enjingipun.

Anggenipun nutu punika, botên kados sacaraning nutu limrah punika. Dhawahing alu (brêgipun) manut abaning dhalang ingkang nabuh kêndhang kalihan tropong (pirantos nênun) lan manut ungêling kênong ingkang ugi suka sasmita, supados dhawahing alu sagêd sarêng. Dados kajawi alu kalihan lêsung, tabuhanipun wêwah: kêndhang kalihan kênong.

Ingkang kangge parikan punika wangsalan saha purwakanthi ingkang ngêmu têgês pêprênesan saha bêblenderan, ingkang sagêd nênangi dhatêng kabiraèn. Ing wêkdal makatên punika, calon pangantèn jalêr lan èstri, kêdah wontên ing sacêlakipun ngriku, (mirêngakên) prêlunipun bokmanawi supados ing mangke enggala sae.

Ing sabadhenipun dipun angge, botên ujug-ujug lajêng nutu kemawon, nanging ngangge sêsaji

--- 425 ---

warni-warni sangêt (wontên 20 warni), lan mawi ambêsmi dupa punapa. Wos ingkang badhe dipun tutu inggih kêdah kathah sangêt, awit talèdhèk lêsung punika botên kenging namung mandhêg têngah, kêdah nêlasakên parikanipun sadaya. Ing môngka yèn dipun wiwiti jam 9 enjing, jam 5.30 nêmbe kemawon sagêd rampung.

Nalika kula sumêrêp, kula gumun sangêt, dene ingatasipun nutu dipun sambi sênêng-sênêng, sadintên sagêd angsal 5 dhacin, môngka ingkang baku nutu namung tiyang èstri 3. Malah manut gotèkipun tiyang wau, yèn nglêrêsi wontên tiyang gadhah damêl saèstu, sagêd angsal 25 sôngga (8 dhacin). Awit kajawi têtiyang ingkang baku bêrah nutu, kathah tiyang ingkang dhatêng ambêkta alu piyambak (amargi katarik dening taledhekanipun) têrus angrencangi nutu tanpa wontên ingkang ngatag.

Ing wêkdalipun dipun lampahakên, pun dhalang (tiyang èstri) minôngka dados jalêr, dene ingkang sami nutu, minôngka èstrinipun, lajêng sami wêwangsalan saha parikan mawi purwakanthi, sêsauran kados sacaraning tiyang ingkang sawêg ginubêl ing asmara.

Kula gumun sangêt dene samantên sugihipun apalan têtiyang wau. Ingatasipun wêwangsalan wiwit jam 9 ngantos 5.30, têka tanpa pêdhot, tanpa anggragap.

[Iklan]

Mangsuli bab pangatèn wau. Samôngsa pangantènipun jalêr sarahanipun sampun dhatêng, pangantèn jalêr lan èstri lajêng nyêlaki dhalang talèdhèk lêsung kalihan ngindhit cêthing, ingkang jalêr kudhugan rasukanipun ingkang èstri (kêdah ingkang sampun nate dipun angge), pangantèn èstri samantên ugi, kudhungan rasukanipun ingkang jalêr. Sadumuginipun ing lêsung, nyai dhalang lajêng ngraup wos kalêbêtakên ing cêthing wau. Manawi sampun makatên, pangatèn jalêr èstri lajêng mlampah sêsarêngan mawi dipun gejogi, têrus mlêbêt ing griya. Manut ngandikanipun Paduka Tuwan Dhoktor Th. Pigeaud, inggih makatên punika upacaranipun pangantèn kala jaman kina, ing sadèrèngipun tanah Jawi kadhatêngan agami Islam, Indhu, lan sanès-sanèsipun.

S. Adiwiyata, Purbalingga

[Iklan]

--- 426 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Mêsir

Pinanggihipun ing wêkdal punika, praja Mêsir kenging dipun wastani nêdhêng-nêdhêngipun dados ucap sae, dene ingkang dipun wastani dados ucap sae wau boten sanès ing bab kamajênganing nagari. Manawi mirid saking ebah-ebahan ingkang gêgayutan kalihan pulitik, praja Mêsir ugi pinanggih sawêg nêdhêng-nêdhêngipun, ing salêbêting praja tansah tuwuh orêg-orêgan saking dayaning golongan ingkang ngudi murih sagêd mapan wontên pangayunaning panguwaos praja. Tindak makatên wau sanadyan angebahakên praja, nanging nyatanipun malah anênangi tuwin nyêngkakakên kamajêngan ingatasing ulah nagari.

[Grafik]

Gapura gêdhong sêtèlêngan barang-barang padagangan nagari Walandi wontên ing Mêsir.

Makatên ugi ingatasipun Mêsir ugi tansah kêsenggol ing ebah-ebahan donya, kados ta nalika pêrangipun Itali kalihan Ngabêsi, punika sanadyan Mêsir pinanggih botên gêgayutan, nanging ugi kêpêksa tansah jagi-jagi, amargi tumrap papaning paprangan wau Mêsir pinanggih têpang watês, saha ing ngriku lajêng pinanggih kasamaran warni-warni, inggih punika nyamarakên manawi Itali pados margi mêdal ing dharatan laladan Mêsir, tuwin malih nyamarakên manawi gêgayutaning panggêsangan praja amanggih sabab ingkang jalaran kasêmpyok aluning paprangan. Rahayu dene dumugining sarampungipun pêrang botên wontên punapa-punapa.

Kamajênganing Mêsir ing bab babagan pamulangan, pancèn sampun misuwur dangu, gadhah pamulangan luhur Islam nama Al Azhar, misuwuripun pamulangan luhur wau maradini ing saindêngipun jagad, tiyang ing nagari pundi kemawon ingkang badhe ngudi babagan lêbêting agami Islam, sinaunipun dhatêng pamulangan luhur ngriku. Malah sanadyan ing Eropah punapa inggih migatosakên dhatêng wontêning pamulangan luhur wau. Tumrap Polên kathah bôngsa ing ngriku ingkang sami ngudi basa Arab, ing sapunika sampun wontên golongan Islam ing ngriku ingkang [ing...]

--- 427 ---

[...kang] mlêbêt sinau dhatêng Al Azhar. Ing salajêngipun tumrap lêlajênganing pangudi, pangajênging pamulangan luhur Al Azhar ing Mêsir ngudi murih para mudha wêdalan ing pamulangan luhur ngriku sagêda nglajêngakên dhatêng pamulangan luhur ing Eropah, saha ing bab punika inggih sampun kalampahan, wohipun pinanggih sae. Dados kajêngipun para mudha ingkang sinau mriku punika sampun namung maligi badhe sinagusinau. dhatêng lêbêting agami Islam kemawon, ugi sagêda ngudi babagan sanèsipun.

Tumrap gêgayutanipun kalihan nagari kanan keringipun ngriku, pinanggihipun langkung majêng, kados ta ing bab dhoktêr kasarasan, sampun sagêd lumèbèr dhatêng Irak, malah ing Irak pinanggih taksih kêkirangan, saha parentah Mêsir tansah mituruti panêdhanipun Irak anyukani dhoktêr, malah tinampi kanthi bingah, dene ngrumaosi bilih Mêsir pinanggih majêng saha dipun bêtahakên ing sanès nagari. Dhoktêr-dhoktêr bôngsa Mêsir wau wontên ingkang lajêng nyambut damêl madêg piyambak, wontên ingkang dipun piji dados pangagênging pakaryan kasarasan, wontên ingkang dados dhirèkturing pamulangan dhoktêr untu, malah wontên dhoktêr èstri ingkang dados pangagênging golongan dhukun bayi, tuwin taksih wontên malih ingkang dados dhoktêr pangagêng griya sakit punapadene dados guruning pamulangan dhoktêr. Ing ngriku katingal bilih daya kamajênganipun Mêsir sampun sagêd tumular dhatêng nagari sanès.

Saya sajumênêngipun nata Prabu Paroek punika, kenging dipun wastani tatananing praja pinanggih sarwa enggal, nocogi kalihan panjênênganipun nata ingkang jumênêng, nata taksih mudha ingkang sampun kêbak dhêdhasar kawruh luhur. Mila ajênging praja saya katingal.

[Grafik]

Nata Faroek nalika migatosakên katranganipun Ir. Konijnenburg wontênipun barang-barang wau wontên ing gêdhong sêtèlêngan.

Ing wêkdal punika ing Mêsir mêntas kawontênakên tèntunsêtèlêng barang padagangan saking nagari Walandi tuwin tanah ngriki. Pambikakipun wiwit tanggal 5 Pèbruari dumugi têngah-têngahaning wulan Marêt kêpêngkêr, namung eman dene tanah ngriki botên saèstu tumut angêdali.

--- [428] ---

Ing kala punika ingkang dados utusan praja Walandi Ir. E. van Konijnenburg, inggih punika pangarsaning babagan among dagang gêgayutanipun nagari Walandi kalihan Mêsir. Miturut katranganipun Ir. Konijnenburg, praja Mêsir kapengin ngrakêtakên tumindaking among dagang kalihan nagari Walandi. Mila benjing Jaarbeurs ing Utrecht, praja Mêsir badhe ngêdali barang-barang wêdalan Mêsir. Manawi kalampahan makatên, benjing Jaarbeurs punika kêtêmbèn wontên barang-barang Mêsir ingkang kapitongtonakên wontên ing nagari Walandi.

Makatên ugi jumênêng nata sapunika, ugi manggih dhatêng yêyasan-yêyasan praja, malah botên ngêmungakên tumrap ing praja Mêsir piyambak kemawon, inggih anggalih tumrap prêlu ingkang gêgayutan kalihan agami, kados ta utusan mulyakakên masjid ing Madinah kanthi paring waragad 5000 arta êmas Mêsir. Masjid ingkang kadhawuhan mulyakakên wau jalaran saking sampun kalangkung risak. Saking dhawuh nata sêsêratan Arab ingkang tinrap ing masjid wau kadhawuhan ngangge êmas tulèn.

Mirid andharan sadaya wau katingal sangêt bilih praja Mêsir saya katingal ajêngipun.

--- 428 ---

LOTERIJ.

Loterij agêng ingkang kagêbag ing Bêtawi tanggal 30 Maart nêmbe kêpêngkêr punika:

Satunggal prijs saking f 75.000: No. 25365

Satunggal prijs saking f 15.000: No. 27801

Kalih prijs saking f 5.000: No. 13739 tuwin No. 16116

20 prijs saking f 1000.-

[Grafik]

50 prijs saking f 500.-

[Grafik]

300 prijs saking f 100.-

[Grafik]

--- 429 ---

Pangothak-athik Bab: Ringgit Wacucal (Padhalangan)

Pangothak-athik bab ringgit punika warni-warni tur inggih beda-beda, namung manut sarta gumantung sadhèrèk ingkang anggêrba satunggal-satunggalipun.

Nanging sarèhning bab punika sampun kêrêp kapacak wontên Kajawèn ngriki, sagêd ugi namung damêl cuwaning panggalihipun para maos sadaya. Ingkang makatên punika panjênêngan sadaya kula suwun karsaa maos, bokmanawi lowung kangge amangsuli.

Mênggah mirsani ringgit ingkang sawêg dipun lampahakên dening kyai dhalang dumugi sabibaripun, punika tumrapipun para ingkang migatosakên bab punika, botên namung mligi mirsani kemawon, upami: dhatêng wêgiging kyai dhalang anggènipun anglampahakên ringgit, punapa lêluconipun, punapa ramening lampahanipun, punapa namung sênêng mirêngakên suwara gôngsa, ingkang tinabuh para wiyaga, suwaranipun angrangin damêl gumbiraning manah, tuwin sanès-sanèsipun.

Nanging wontên malih ingkang dipun wigatosakên, inggih punika lêlampahanipun ringgit lajêng kacundhukna kalihan angga pribadi, liripun makatên: upami: kyai dhalang anglampahakên danawa (rasêksa), lajêng santun anglampahakên satriya, satêmah rasêksa kalihan satriya wau pêpêrangan, tuwin sanès-sanèsipun, punika lajêng dipun cundhukakên kalihan badanipun piyambak, makatên: o, iya, aku iki iya sok katuwuhan wataking rasêksa, sok katuwuhan wataking satriya, tindake sing iki mangkene, sing iku mangkono, malah-malah wataking rasêksa karo wataking satriya padha diya-diniya rêbut unggul (ingkang wosipun kamurkan tansah pasulayan kalihan kautamèn), makatên lampahing panaliti angga pribadi, ngantos dumugi sabibaripun.

Kajawi saking punika, miturut cariyosipun para sêpuh, sabibaripun ringgitan, kyai dhalang lajêng ngêdalakên golèk. Wondene golèk punika ingkang kadamêl kajêng ingkang êmpuk, racak saking kajêng waru, kaentha tiyang èstri, sarta karêngga-rêngga mawi pangangge, wontên sinjang, sondhèr, cêkakipun mrabok tur sarwa sae. Golèk wau lajêng dipun jogèdakên dening kyai dhalang, kinanthèn ing gêgêndhingan. Sasampunipun punika lajêng bibar.

Mênggah wigatosipun golèk punika, sarèhning sampun tamat anggènipun mirsani, dhatêng lêlampahanipun ringgit ingkang kacundhukakên kalihan badanipun piyambak, kyai dhalang lajêng ngêdalakên golèk, punika wigatosipun: golèkana. Dene cêthanipun, kawontênanipun piyambak punika kêdah dipun padosi, ingkang atêgês dipun taliti ngantos anjalimêt. Kadospundi rekanipun, môngsa-boronga para maos.

Samantên rumiyin. Ing wasana manawi wontên galap-gangsuling têtêmbungan kula, sarta klenta-klèntunipun pangrakiting ukara, mugi ngêgungna pangaksama.

R. Atmaastra, K.1743, Panêmbahan, Ngayogyakarta

--- 430 ---

Bab Kasarasan

Ngemba Rekadayanipun Dr. L. Pasteur.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 26.

Sapunika para dhoktêr ingkang pintêr sampun sami mangrêtos, upami ing satunggiling panggenan, griya lan pakarangan, ingkang manggèn ing ngriku tansah sakitên kemawon, yèn ingkang sakit kapriksa, pinanggih sami kataman malaria tropica, têmtu ing pakarangan wau wontên lêmutipun malaria ingkang manggèn ing tota ingkang mambêk utawi jêmbêg-jêmbêg. Sasampunipun toya dipun satakên utawi dipun siram lisah pèt, ingkang jêmbêg-jêmbêg dipun urugi siti, lêmutipun têmtu lajêng minggat utawi ical, têtiyangipun ingkang sakit dipun jampèni ngantos saras, têmtu badhe botên kataman sêsakit malaria malih.

Manut pratikêl, pitêdah lan papriksanipun Dr. Pasteur, para dhoktêr ingkang pintêr lajêng sagêd manggihakên jampi ingkang kangge nanggulangi sêsakit diphtheritis lan sapanunggilanipun. Jampi punika namanipun anti-toxin, inggih jampi serum ingkang pancèn mligi (speciaal) kangge jampi satunggiling sêsakit ingkang nular wau.

Diphtheritis punika sêsakit ing gorokan ingkang ambêbayani, ingkang kathah lan limrah ingkang katrajang lare-lare alit. Ing sadèrèngipun pinanggih baksil lan jampinipun, ingkang sakit kathah ingkang tiwas, amargi baksilipun ngêdalakên rêrêgêd wisa (toxin) ingkang sagêd ngrisakakên jantung (hart) lan tangsul raosipun (zenuw) ingkang sakit, lan ing wêkdal samantên dhoktêr dèrèng sagêd suka jampi ingkang sagêd nanggulangi sêsakit punika, mila ingkang katrajang sêsakit wau inggih kathah ingkang tiwas.

Upami ingkang sakit botên pêjah tuwin sagêd saras, ing êrahipun sagêd thukul anti-toxin, inggih punika daya ingkang sagêd mêngsah dhatêng baksilipun, lan badanipun ingkang sakit lajêng sagêd kalis dening sêsakit wau. Mila tiyang utawi lare ingkang sakit diphtheritis sampun saras punika salajêngipun kalis dening sêsakit wau, dados botên sagêd kataman sêsakit punika malih, kadosdene tiyang ingkang sampun nate kataman sêsakit cacar (pokken) sampun burik, botên sagêd katrajang ing sêsakit cacar malih.

Upaminipun dhoktêr sagêd suka jampi suntikan anti-toxin dhatêng ingkang sakit wau, têmtunipun ingkang sakit inggih sagêd katulungan lan sagêd saras.

Sapunika kadospundi tiyang utawi dhoktêr sagêdipun pikantuk anti-toxin punika. Makatên: kapal ingkang saras dipun suntik mawi baksil diphtheritis, dene baksilipun ingkang dipun suntikakên wau kêdah ingkang botên kêras (zwak) murih kapalipun sampun ngantos pêjah.

Badhe kasambêtan.

R. Sumadirja, Ind. Arts. Sêmarang.

--- 431 ---

Rêmbagipun Petruk Lan Garèng

Bab Suryawirawan

II.

Petruk : Kang Garèng, kayadene kandhaku ing ngarêp, jênêng suryawirawan kuwi rak mung minôngka kanggo pêlambang bae. Dadi kayadene: surya, kang atêgês: srêngenge, iki iya pêlambang, Kang Garèng. Kowe rak iya wêruh dhewe, mungguh dayane srêngenge kuwi, yaiku: madhangi saindênging donya iki, kajaba kuwi uga nguripi anane: manusa, kewan-kewan lan kutu-kutu walang-ataga, apadene thêthukulan kang padha ana ing sakurêbing bawana kiyi.

Garèng : Bab srêngenge amadhangi jagad iki, kajaba yèn kadhangkala kabênêr lagi dikrikiti ... buta ijo, aliyas: grahana, iki aku mula iya ngandêl, Truk, nanging yèn srêngenge diunèkake nguripi sakabèhing manusa, satokewan, thêthukulan lan sapadhane, kuwi nèk mungguhe aku: goroh, Truk. Sasumurupku bae wis ana umat rong rupa kang gawene tansah misuh-misuhi kêras nyang srêngenge. Malah ana, Truk, sing têngah-têngahe golèk cagak urip, srêngenge lagi: thir, mungup-mungup wis ngêmprit lumayu bundêr, yaiku ... maling

Petruk : Haiya, maling kuwi uripe mula iya nyata golèk sêpining uwong, dadi iya nyingkiri padhanging srêngenge, nanging urip sing kaya ngono kuwi rak cêtha, ta, nyêbal karo wèting alam. Miturut wèting alam, salawase padhang, dikon golèk pangan, dene salagine pêtêng, dikon ngaso turu. Hla nèk banjur ana wong sing nyêbal pathokan sing kaya ngono kuwi mau, lo iya aja banjur maido nyang srêngenge. Kanggo pêpak-pêpaking donya pancèn iya ana sing sok banjur nyêbal kalumrahan. Kaya ta: lumrahe wong turu kuwi iya: mlumah, mêngkurêb, apa iya miring, dene ing wusana anggonmu turu banjur ... anjêngking upamane, jarene cik bèn suda ... mulêse, kanggo pêpak-pêpake donya rak iya kêna-kêna bae.

Garèng : Dadi nèk miturut panêmumu, uripe maling kuwi nyêbal pathokan, nyêbal wèting alam. Lan mêksa isih kêncêng kayakinanmu, yèn kabèh umat kuwi diuripi dening srêngenge. Aku kok mêksa durung cocog, Truk. Kêpriye ... kokok bêluk-kokok bêluk, Truk. Apa iya srêngenge sing nguripi. Sa-lah, wong srêngenge malah nyilakani awake jarene.

Petruk : Lho, bangsane kokok bêluk kuwi diarani manuk bêngi. Kuwi lumrahe matane awas bangêt, saka awase mau, nganti padhanging srêngenge agawe silo mripate. Dene yèn bêngi ora kêsilonên dening padhanging srêngenge, iya banjur bisa andêlêng ora beda karo aku kowe ing wayah awan. Mulane anggone golèk pangan iya wayah bêngi. Ewasamono mêksa kêna tak arani: sing nguripi

--- 432 ---

iya srêngenge. Awit sing dipangan dening bangsane kokok bêluk kuwi rak iya: manuk cilik-cilik, tikus lan sapadhane, kabèh mau kewan kang diuripi dening srêngenge. Manuk barang mau anggone golèk pangan rak iya awan, ta.

[Grafik]

Garèng : Wèh, têmbung srekalan kuwi arane. Nèk ditômpa mêngkono, banjur: kalong, lawa, codhot lan liya-liyane manèh, golèke pangan mung ing wayah bêngi, nanging sing dipangan bangsane wowohan, wêtoning thêthukulan kang uripe olèh dayaning srêngenge.

Petruk : Hla rak iya, ta, rak wis cêtha yèn kabèh kang urip ana ing donya kuwi kêdayanan dening srêngenge, dadi rak iya srêngenge kuwi sing nguripi.

Garèng : Iya wis, aku tak narima, saiki wirawan, ditêgêsi satriya, iki palambang apa manèh, Truk.

Petruk : Mungguhing satriya kuwi pêlambange: wong kang anduwèni wêwatêkan bêcik bangêt, yaiku: luhur bêbudène, alus watake, prawira, sêtya marang kêyakinane, tansah nêtêpi mênyang jangjine, wêlas-asih marang sapadhaning umat, trêsna marang kuwajibane kang tumuju nyang apa bae sing bêcik lan ana gunane tumrap bôngsa lan tanah wutah gêtihe.

Garèng : Wèh, iya satriya kumplit kuwi jênêngane. Nanging murih bisane samono kuwi, mêsthine waragade ya sasayahira, Truk, apa manèh mungguhe jaman saiki.

Petruk : We, hla, ora ngrêti babarpisan aku, Kang Garèng, ana bisane dadi satriya sing anduwèni wêwatêkan bêcik bangêt kaya sing tak kandhakake mau, têka diunèkake: waragade mêsthi sasayahe, apamanèh tumrape jaman saiki.

Garèng : Apa ora, Truk, wong jaman saiki kiyi wis rupa-rupa lan wêrna-wêrna bangêt. Kudu wêlas-asih marang sapadhaning umat, aku iya wis duwe watak sing kaya ngono kuwi, nanging kêpriye anggonku arêp ambuktèkake, yèn ora duwe simpênan sasayahe. Wong kanggo dhewe bae sabên dinane gèk mangan gèk ora.

Petruk : Lho, wêlas-asih marang sapadhaning umat, kuwi ora kok mung nguluri dhuwit utawa pangan marang sapadhaning umat sing ginanjar kamlaratan. Sanadyana wong sugih ora karuwan, iya masa kuwata. Nanging karêpe: aja sawiyah-wiyah, aja sêmêngit, aja agawe sêrik,

--- 433 ---

aja andrêngkèni, lan sapadhane, nanging elinga, yèn kae umat ora beda karo kowe dhewe. Wajibmu iya sing dhêmên, kayadene awakmu dhewe, sing wêlas kayadene yèn kowe dhewe nandhang susah kae. Yèn kowe dhewe lara rak iiya. mêlas, ta, nyang awakmu dhewe, sabajure kowe rak banjur golèk tômba sing bisa gawe marine awakmu mau. Sêmono uga yèn kowe wêruh utawa mrangguli wong lara upamane, aja kok banjur: luwèh-luwèh awak-awakmu dhewe, nanging sabisa-bisa iya mèlua ihtiyar anggolèkake tambane. Lo, mêngkono upamane.

Garèng : Dadi cêkake: wêlas-asih nyang sapadhaning umat kuwi ora prêlu sugih, ta. Saiki, Truk, trêsna nyang kuwajibane kang tumuju nyang bôngsa lan nagarane mau, iki apa ora kudu akèh sangune, Truk, hla mêngko yèn ditari wong liya arêp diblônja sathekruk, apa ora bisa kalakon muni: slamêt tinggal, karo watak sing mau kae.

Petruk : Hla, nèk kaya ngono rak ya banjur kêna dijênêngi: satriya pulasan, Kang Garèng, têgêse: satriyane isih tipis bangêt. Dadi iya durung satriya sêjati. Nèk wis jênêng satriya sêjati, Kang Garèng, wis têrus mêrêm tumrap godha rêncanane donya iki, dadi wis ora angguple nyang: mihun, wayang wong, pangkat sing mêncit, sanadyan nonton gambar idhup, twèdhê pursêtèlêng, kathik mung: bêrdhua bae, nèk satriya sêjati, nyenggol bae ditobatake, Kang Garèng.

Garèng : Dadi cêkake, Truk, tumrape satriya sêjati kuwi, pikiran: mumpung wis ora kalêbu ing Bausastrane, ta, kaya ta: mumpung dhewe thil, mumpung ana sing ngangkat kanthi gajih sathekruk, mumpung nom, lan sapadhane, hla, saiki gêgandhengane: surya lan wirawan, lo kowi kêpriye, Truk.

Petruk : Wêwatêkane wong sing pantês diarani satriya, wis tak andharake nganti talêsih, dadi wong kang wêwatêkane bêcik lan luhur bangêt. Hla, sakisaiki. wis jênêng satriya, kathik gêlêm nêmpil wêwatêkane srêngenge kaya sing wis tak kandhakake mau, yaiku: amadhangi lan anguripi. Karêpe amadhangi, ora kowe banjur katon mêncorong mêngkono, nanging tindak-tandukmu, apadene kalakuanamu, saka bêcik lan utamane, nganti prasaksat gawe padhang marang bangsamu, utawa anggêdhèkake atine bangsamu. Dene sing dikarêpake: anguripi kuwi ora kok kowe banjur nguluri dhuwit utawa pangan nyang bangsamu, nanging, uripmu kuwi, ora mung anggêre: wêtênge dhewe wis warêg, luwèh-luwèh liyane, nanging tansah mèlu ambantu lan ngudi nyang kamajuane bôngsa lan tanah kalairanamu mau.

Sêsorah ing Radhio saking Bale Pustaka

Benjing ing dintên Ngahad sontên tanggal 10 April 1938, wanci jam 1/2 8 dumugi jam 8, Bale Pustaka ngawontênakên sêsorah ing Radhio Nirom 2 golflengte 190, ing bab: Pengaruh keadaan; ingkang mêdhar sabda Tuwan Aman.

--- 434 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI.

Ngewahi gêdhong Departement Pangrèhpraja. Wontên wartos, bilih gêdhong Departement Pangrèhpraja ing Bêtawi badhe dipun ewahi, sarana mêwahi gêdhong enggal wontên ing sisihipun. Wêwahan wau badhe sagêd ngobètakên dhatêng sawarnining golongan, makatên malih sarèhning gêdhong punika sampun sêpuh inggih pêrlu dipun dandosi. Bab punika lajêng badhe dipun usulakên dhatêng Parentah.

[Grafik]

Kuburan kina. Inginggil punika ngêwrat gambar salah satunggiling kuburan kina ingkang beda sangêt kalihan kuburan sapunika ing laladan Menado inggih punika ingkang adhakan dipun jujug ing para andon lêlana.

Fabrikantenbond. Kawartosakên, ing Surabaya badhe wontên ada-adanipun golongan dagang adamêl fabrikantenbond ingkang dipun adani dening para ingkang anggadhahi pabrik tênun ing Jawi-Wetan. Ing bab punika sampun sami dipun sayogyani dening para ingkang sami anggadhahi pabrik saha katêmtokakên badhe ngadêgipun.

Ngangkatakên tiyang dhatêng Lampung. Ing salêbêtipun wulan Maart kêpêngkêr, kabupatèn Nganjuk ngangkatakên tiyang dhatêng Lampung cacah 900 jiwa.

Kuli-kuli Jawi kabêkta dhatêng Johor. Awit saking panyuwunipun Oil Palm of Malaya Ltd, Parentah marêngakên dhatêng kabudidayan wau pados kuli-kuli bangsa Jawi kathahipun 100. Pamêndhêtipun wau sarana tatanan enggal tumrap caraning tanah Johor mêndhêt kuli bangsa Jawi. Kuli-kuli wau sami badhe kapurih nyambutdamêl wontên ing kabudidayan lisah palm ingkang agêng ing Johor.

Jornalisten-school ing Purworêjo. Miturut wartos, wiwit tanggal 1 wulan punika ing Purworêjo wontên bikakan pamulangan kangge journalist tumrap têtiyang siti. Lare ingkang katampèn malêbêt ingriku kêdah wêdalan Mulo.

Fonds agêng botên kasumêrêpan ingkang gadhah. Miturut palapuran saking Algemeene Rekenkamer, saking panitipriksanipun pangrèhpraja tuwin pulisi ing Cirêbon, ing Algemeene Volkscredietbank wontên satunggaling fonds ingkang gunggungipun f 12.766.60. Arta wau botên kasumêrêpan sintên ingkang anggadhahi. Ing bab punika lajêng badhe kawontênakên paniti dening ingkang wajib.

Siti mlêkah. Kawartosakên, ing dhusun Cintamanik, sacêlakipun Bumijawa, Têgal, wontên siti mlêkah ingkang pinanggihipun saya mindhak-mindhak. Mlêkahing siti wau salêbêting tigang dintên. Punapa ingkang dados jalaranipun botên kasumêrêpan. Wontên griya 60 wuwung sami mlêsêk, wontên satunggal ingkang kurugan. Kasangsaran botên wontên. Têtiyang ingkang kecalan pangauban wontên 352. Pangrèhpraja lajêng nindakakên pitulungan sapêrlunipun.

Mèngêti adêging kitha Mojokêrto. Wontên wartos, benjing tanggal 12 wulan Sèptèmbêr ngajêng punika, ing Mojokêrto badhe wontên paargyan mèngêti adêging kitha wau sampun 100 taun. Kitha Mojokêrto punika ingajêng nama Japan.

Kabal Baud manggih pambêngan ing margi. Sampun sawatawis dintên kapal Baud ingkang badhe layaran dhatêng Australie, manggih sabab wontên ing margi, jalaran saking awoning hawa tinêmpuh ing ombak agêng ngantos adamêl boroting kapal 2 panggenan, rahayu lajêng kenging dipun tambal. Ing kala punika dipun pitulungi ing kapal Albatros tuwin Reiniersz saha têtiyang ingkang sami numpak lajêng sami kapurih pindhah dhatêng kapal Nieuw Holland, salajêngipun têtiyang ingkang sami numpak sami pindhah malih dhatêng Albatros, nglajêngakên lampah dhatêng Australie. Kapal Baud pinanggih kandhas, botên kenging dipun pitulungi.

Ura-uru ing salêbêting pakunjaran. Ing pakunjaran Jombang mêntas wontên ura-uru sawatawis ingkang tuwuh saking para tiyang ukuman cacah 200 ingkang sami kapurih nyambutdamêl damêl dhadhung sêrat nanas. Mênggah sababipun, tiyang ukuman wau wontên ingkang kalêpatan dipun srêngêni dening upas ingkang jagi, ingriku lajêng wontên sabawa aba mungêl "Tawur", sanalika ngriku têtiyang ukuman wau lajêng nêmpuh, dados pasulayan sakalangkung rame, rahayu bab punika lajêng kenging dipun sirêp.

Papan nglelang ulam ing Ketapang. Tanggal 2 wulan April punika, ingkang Bupati ing Bêtawi ambikak papan panglelangan ulam wontên ing Kêtapang, sacêlakipun Mauk. Tindak punika kangge anjêmbarakên babagan kamajênganing pamisayan ulam.

Margarine kangge lintu mêrtega. Awit saking usulipun Departement van Marine dhatêng Algemeene Rekenkamer, supados ngawontênakên cobèn-cobèn migunakakên margarine kangge lêlintuning mêrtega ingkang dipun angge wontên ing sawarnining kapal Marine. Nanging badhe katindakakên sarana panyobi rumiyin, punapa margarine wau kuwawi karimat dangu wontên ing kapal ngantos wêwulanan. Ing bab punika Rekenkamer ugi lajêng pitakèn dhatêng Departement van Oorlog tuwin dhatêng Pakaryan babagan Kasarasan, punapa botên badhe tumindak makatên, awit miturut pêpetangan badhe sagêd ngawontênakên pangiridan f 17.000.- ing dalêm sataun. Malah tumrap wadya dharatan sampun tumindak saha pinanggihipun prayogi.

Congres B.B. Benjing wulan Mei ngajêng punika, Vereeniging van Ambtenaren bij het Binnenlandsch Bestuur badhe ngawontênakên congres manggen ing Concordia, Betawi. Ingkang nyêpuhi congres wau Mr. H. Fiewez de Malines van Ginkel, residhen ing Bêtawi. Ingkang badhe karêmbag ingriku, 1 wawasan ing bab babagan Inlandsch Gemeentewezen kanthi sêsêpuh tuwan Ch. O. van der Plas, Gupêrnur Jawi-Wetan, namung maligi tumrap tanah Jawi, dene tumrap tanah Sabrang dipun sêpuhi Dr. W. Hoven, pangagêng Bestuurzaken tanah Sabrang. 2. Bestuurhervorming tuwin Binnenlandsch Bestuur dipun tuntun Mr. H.D. van Werkum, asisten residhen Indramayu, tumrap tanah Jawi, Dr. W.J. Beck tumrap tanah Sabrang, wusana bab Inlandsche landbouw-kolonie tanah Sabrang dening Mr. Maassen. Miturut wartos ingkang badhe anjênêngi conires wau kirang-langkung 500.

--- 435 ---

Pêpajênganing candu mindhak. Miturut pèngêtan, pêpajênganipun candu ing tanah Jawi tuwin Madura ing taun punika pinanggih mindhak tinimbang taun kêpêngkêr. Ing wulan Februari 1937 wontên 422 kg. Februari taun punika wontên 536 kg. Panyadean ingkang pinanggih sakêdhik piyambak kala ing taun 1935, ing wulan Februari taun wau namung wontên 293 kg. Angsal-angsalanipun kala wulan Februari taun 1929 wontên 1556 kg.

Mooi Bandung. Pakêmpalan Mooi Bandung sampun ngêdalakên baleswaranipun ingkang rinêngga-rêngga ing gambar sakalangkung pèni tuwin isi karangan-karangan ingkang migunani tumrap sintên ingkang badhe nyumêrêpi kitha Bandung sakubêngipun.

Urunan dhatêng Palestina. Arab Comite ing Bêtawi sampun sagêd ngêmpalakên arta kathahipun 550 ponsterling, arta samantên wau badhe kakintunakên kangge pitulungan dhatêng para bangsa Arab ingkang kasangsaran wontên ing Palestina. Arta wau pangintunipun lumantar bank Mêsir. Tumrap ingkang sampun, comite wau ngintunakên arta 200 ponsterling.

Audientie. Benjing dintên Rêbo tanggal 18 Mei 1938 punika ing pura Koningsplein badhe kawontênakên audientie wanci jam 9 enjing. Sintên ingkang badhe audientie, supados ngaturakên sêrat paturan dhatêng Ajudant van Dienst ing Bogor ing sadèrèngipun tanggal 11 Mei. Sêrat wau kanthi nyêbutna nama sapanunggilanipun punapadene ingkang dados kajêngipun.

Ngagêngakên pabrik sabun. Pabrik sabun Lever's Zeepfabrieken ing Bêtawi ing sapunika anjêmbarakên panggaotanipun badhe pindhah dhatêng tilas gêdhong N.K.P.M., dene tilas gêdhongipun lami taksih dipun angge.

Tiyang ingkang mênang loterij. Miturut wartos ingkang angsal loterij ingkang nêmbe dipun mainakên punika, 1e prijs dhawah tuwan Lie Yit Pen-Yo In Foek-Kim Kian tuwin Boang, sami manggèn ing Senen, Bêtawi. Satunggal-satunggalipun tiyang wau panumbasipun namung 1/10 lot.

Cursus padhukunan bayi. Ing kitha-kitha dhistrik bawah Blitar dipun wontênakên cursus padhukunan bayi. Ingkang dados murid mêndhêt kênya-kênya ingkang sampun diwasa, gurunipun vroedvrouw ingkang anggadhahi diploma. Ing pangangkah supados ingkang sami sinau wau ing têmbe sagêd mitulungi dhatêng tangga têpalihipun ing padhusunan.

Nyêpêng candu pêtêng. Satunggiling pulisi sandi ing Cirêbon nalika ngodol salah satunggiling bangsa Tionghwa wontên ing ngajêng hotèl Canton, sagêd nyêpêng barang bêbêktanipun bangsa Tionghwa wau awarni candu wawrat 700 tail rêgi f 14.000.-. Pambêktanipun candu wau kadèkèk ing wadhah ingkang dipun isèni wowohan.

ASIA

Sultan ing Selangor seda. Sultan Sir Alaidin Soeleiman Syah, Sultan ing Selangor, Malaka, seda, yuswa 74 taun, jalaran gêrah hartverlamming. Nunggil ing dintên sedanipun wau putra Sultan ingkang nomêr tiga Têngku Laksamana ingkang sampun kajumênêngakên Pangeran Adipati kala tigang taun kêpêngkêr lajêng kajumênêngakên Sultan. Kala jumênêngipun Sultan suwargi tansah manggalih dhatêng panduwaning rakyat ing bab jumênêngipun Adipati Anom putra ingkang sumilih kaprabon punika.

AMERIKA

Angin agêng. Ing Arkansas, Oklahama, Kansas, Missouri, tuwin sanès-sanèsipun, sami Amerika, katêmpuh ing angin agêng, wontên tiyang ingkang tiwas 27, tiyang nandhang tatu 3000. Tumrap Columbus kemawon griya ingkang ambruk wontên 200.

[Iklan]

Jerman nyêpêngi tiyang. Miturut wartos, Aartshertog Josef Ferdinand ing Bourbon-Habsburg ingkang ing wekdal punika dipun tahan, lajêng dipun kintunakên dhatêng papan tawanan. Bangsa agêng ing Oostenrijk sanès-sanèsipun ugi sami kalêbêtakên ing tawanan. Miturut wartos saking Weenen Riether, tilas gupêrnur ing Oostenrijk, nganyut tuwuh.

Wadya Jerman badhe wangsul saking Oostenrijk. Wontên wartos, wadya Jerman ingkang kakintunakên dhatêng Oostenrijk, ing sapunika sampun badhe kapurih wangsul. Ing salajêngipun ingriku namung badhe dipun dèkèki wadya kalih devisie. Ing bab punika adamêl lêganing para ulah pulitik, lajêng ngawontênakên pangintên bilih Jerman botên gadhah sêdya badhe nêmpuh dhatêng Tsjechoslovakiye dadakan.

Rêmbagipun Inggris tuwin Italie. Miturut wartos, ing bab rêmbagipun Inggris kalihan Italie badhe rampung wontên ing sadèrèngipun Paschen. Prajanjianipun badhe dipun tandhatangani wontên ing tanggal 15 utawi tanggal 16 April.

Kasangsaran motor mabur agêng. Motor mabur agêng Belgie ingkang wawratipun 10 ton, asuwiwi 23 m, nalika kacobi anggêgana ingkang inggilipun 50 m lajêng dhawah ambalêsêg. Ingkang nglampahakên nêmahi tiwas wontên inglêbêt. Motor mabur punika wontên kamaripun rapêt 20 tuwin kamar punggawa 3. Panggêgananipun sagêd andêdêl ngantos 6500 m.

Dados Maarschalk. Miturut mupakataning rêmbag ing gêdhong luhur, Koning Victor Emanuele tuwin Mussolini sami katêtêpakên dados Maarschalk karajan Italie.

Rêdi anjêblug. Rêdi latu Avatchinsk, Ruslan, kala tanggal 30 Maart anjêblug, rêdi wau sampun 10 taun botên nate punapa-punapa. Panjêblugipun sapisan punika kapetang ingkang agêng piyambak ing salêbêtipun 50 taun kêpêngkêr.

--- 436 ---

Wêwaosan

III. Lêlampahanipun Sêtayor lan Dèwi Wasilisah

64

Amila inggih lajêng sami amêsthèkakên, bilih utusan nata punika botên kenging botên sakêdhap kemawon têmtu badhe gampil kadhawahakên ing bantala. Nanging kadospundi mênggahing karampunganipun, sarêng Wara Wasilisah dumugi ing alun-alun, ujug-ujug lajêng nyandhak prajurit tiga sisih saha lajêng kakêprukakên dhatêng prajurit ingkang satunggal, ngantos prajurit pitu pisan dhawah galangsaran nandhang tatu sadaya. Sadaya ingkang sami ningali, sami anjêngèk saking kagèt tuwin gumunipun, awit salaminipun dèrèng nate anyumêrêpi karosan ingkang samantên wau. Prabu Wladhimir, ingkang anggènipun amriksani saking jandhela kadhaton, sangêt ngungun ing panggalih, dene samantên kadibyanipun utusan wau, ing wusana lajêng dhawuh dhatêng putra kapenakan makatên:

Sira wis nêksèni dhewe saiki, yèn panêmunira iku kaliru bangêt. Wong prajurit rosa lan prawira mangkono, têka kok arani wanita.

Nanging Dèwi Sabawa mêksa botên purun ngawon sarta umatur makatên:

Ewasamantên kawula mêksa taksih ngêncêngi dhatêng atur kawula ing ngajêng, bilih tiyang punika sanès utusanipun Nata Kaliyên, nyata wanita lugu, amargi solah tingkahipun sadaya sampun sagêd katingal.

Prabu Wladhimir nêdya nyobi malih mênggahing kalangkunganipun tiyang ingkang ngemba utusanipun Prabu Kaliyên. Samangke badhe kaêbên ing bab kalangkunganipun anjêmparing. Sang Prabu lajêng animbali parajurit panyutra kalih wêlas cacahipun, ingkang sampun misuwur piyambak mênggahing kadibyanipun anjêmparing. Sasampunipun sang prabu lajêng dhawuh dhatêng utusan wau makatên:

Wasilya, sira apa gêlêm sênêng-sênêng karo prajurit ingsun panyutra adu kaluwihan manah.

Utusan anyagahi dhawuhipun sang nata kalayan mèsêm, sarta lajêng bidhal dhatêng papan ingkang dipun pigunakakên kangge abên anjêmparing wau. Para prajurit panyutra kalih walas ing kala punika sampun sumadhiya wontên ing ngriku. Dene ingkang kangge lesan satunggiling wit cêmara ingkang sampun kawak sangêt, sarta ingkang têbihipun saking papan ngriku kirang langkung satunggal pal. Dene ingkang kajibah anglêpasakên jêmparing rumiyin inggih punika para prajurit panyutra kalih wêlas wau. Sabên jêmparing ingkang angengingi wit cêmara ingkang kawak wau, witipun inggih lajêng horêg kadosdene kenging lindhu agêng. Sarêng dhawah ing giliranipun utusan, utusan wau lajêng umatur dhatêng Prabu Wladhimir makatên:

Dhuh, Sang Prabu, saèstunipun kawula botên sagah manawi kadhawuhan anjêmparing mawi jêmparingipun para prajurit ing ngriki, kaparênga kawula ngangge jêmparing bêktan kawula piyambak, ingkang samangke kawula tilar wontên ing pasanggrahan ing sajawining kitha. Dene manawi kaparêng, mugi krêsaa paring dhawuh dhatêng para abdi amêndhêt jêmparing kawula wau.

Sang Prabu lajêng andhawuhi abdi sawatawis mêndhêt gandhewa lan jêmparingipun utusan wau, botên watawis dangu para abdi sampun wangsul ambêkta gandhewa ingkang sakalangkung agêng lan awrat, ngantos kapêksa kêdah kagotong ing tiyang sadasa, dene bumbungipun wadhah jêmparing, saking awratipun ngantos dipun gotong ing tiyang tigang dasa, ewasamantên mêksa taksih mèyèk-mèyèk.

Tiyang ingkang ngemba utusan wau lajêng nyandhak gandhewanipun mawi tangan têngên, tangan ingkang kiwa masangakên jêmparingipun. Ing wusana gandhewa dipun pênthang lan jêmparingipun kalêpasakên. Suwaraning jêmparing ingkang kalêpasakên saking gandhewa, saking soranipun, ngantos anjalari prajurit panyutra ingkang kalih wêlas wau sami dhawah ing siti. Dhawahing jêmparing wontên ing wit cêmara ingkang kawak, saking rosanipun, ngantos lajêng rungkat sarta rêbah ing bantala.

Sanadyan Dèwi Sabawa nguningani piyambak mênggahing kadibyanipun tiyang ingkang rewa-rewa utusanipun Prabu Kaliyên wau, ewasamantên mêksa taksih kêngkêng amastani bilih tiyang punika sanès utusan nata, têtêp satunggiling wanita limrah, jalaran saking punika amila Sang Prabu lajêng badhe nyobi piyambak mênggahing kalangkunganipun utusan wau sarana abên main catur. Salêbêtipun abên main catur wau, ingkang dipun tohakên dening sang prabu: Kitha Kiyèf, dene Wasilya, manawi ngantos kawon mainipun, sagah nyandèkakên sadaya panyuwunanipun dhatêng sang prabu ing ngajêng. Mênggahing Prabu Wladhimir, mila sampun kasuwur ing bab kalangkunganipun main catur, ngantos para ahli main catur ing saindênging praja Ruslan, malah pintên-pintên para ahli ing môncanagari, sampun sami dipun kawonakên sadaya dening sang prabu wau. Nanging sarêng amêngsah kalihan pun Wasilya wau, sakêdhap kemawon sang prabu sampun rumaos botên badhe kuwagang anandhingi. Lan salêbêtipun sawatawis wêkdal kemawon sang prabu sampun sagêd dipun kawonakên pamainipun. Sêmu lingsêm sang prabu ing wusana lajêng dhawuh dhatêng Wasilya makatên:

Wasilya, ingsun angakoni, sira kang mênang. Saiki, kayadene janjiningsun ing ngarêp, sira kang anduwèni kutha Kiyèf.

Badhe kasambêtan.

--- 53 ---

Nomêr 14, 6 April 1938, Taun III

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta: Rr. Siti Mariyam. Kawêdalakên sabên Rêbo

Hakipun Wanita Winêngku Priya, Mamrih Rahayuning Jêjodhoan

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 25

Mênggah cara-cara ingkang sampun kula aturakên wau, prêlunipun inggih namung ngudi utawi ngèsthi: rahayuning jêjodhoan. Ingkang makatên wau sampun salêrêsipun, awit anjodhokakên anak punika pancèn gawat kaliwat-liwat, sisip-sêmbiripun yèn kirang kalêrêsan, asring damêl ribêding tiyang sêpuh ing salami-laminipun. Paribasanipun: luput sapisan, bênêr sapisan. Kosokwangsulipun yèn kalêrêsan, punika sagêd damêl raharjaning bêbrayan ing salaminipun.

[Grafik]

Biyang Marta Sleman.

Nanging punapaa, sampun mawi srana, cara-cara, sarat rukun ingkang ampuh-ampuh makatên, anggènipun jêjodhoan, taksih kathah jalêr lan èstri sami cêcongkrahan, bence-cèwèngbèncèng-cèwèng. ingkang nukulakên pasulayan, purikan, tilar-tinilar salajêngipun. Kadospundi sagêdipun nêtêsi ing pangèsthi tuwin idham-idhamanipun para sêpuh wau. Botên sanès marginipun, jalêr tuwin èstrinipun sami ngudia, anggènipun bêbrayan abale griya, sagêda anglênggahi, panguwaosing piyambak-piyambak.

Sadaya para manusa punika, botên pilih pangkat agêng utawi alit, sami anggadhahi panguwaos, ingkang botên sami. Dene panguwaos-panguwaos wau, manawi kalintokakên ing sanès, utawi dipun têmbalakên, tamtu botên sagêd tumindak, alias bibrah. Upami: panguwaosipun mantri pêrplèkêr kalintokakên panguwaosipun mandhor ratan, la, wurung dandanan sadaya. Têrkadhang tiyang sakit padharan, dipun ombèni aspal. Namdhalnambal. ratan kalihan bur salêp. Panguwaosipun tiyang jalêr kalintokakên tiyang èstri, punika inggih nyulayani. Pak Marta blônja butuh mênyang pasar, anggendhong

--- 54 ---

gok,tenggok. kêlan, ngliwêt, ambathik. Bok Marta mênyang sawah manggul waluku dicanthèli pacul karo anggirèkake kêbo, punika tamtu dipun lokakên ngakathah.

Tumindaking praja ingkang sae pranatanipun, tamtu sagêd têntrêm lan rêja. Têgêsipun: sadaya ingkang mranata ngasta paprentahan, tuwin ingkang dipun tata, sami nglênggahi hakipun piyambak, botên wor-suh têmpil-tinêmpil panguwos.panguwaos. Nanging têrkadhang ingkang tinata punika kajêngipun badhe ngêmori nêmpil panguwaosipun ingkang mranata, ing ngriku lajêng andadosakên bèncèng-cèwèng. Kosokwangsulipun ingkang tukang mranata, inggih kêdah adil sarta nglênggahi panguwaosipun ingkang têtêp. Upaminipun: Tukang nyapu ratan, lajêng nyêtop pit tanpa plombir.

Badhe kasambêtan,

Biyang: Marta Sleman.

Bab Olah-olah

Jongkong (Irêng-irêng)

Glêpung uwos dipun kêpêli lajêng dipun bêthak. Manawi sampun matêng dipun tumplak lajêng dipun jur. Yèn sampun asrêp dipun ulèni mawi langês, lan santên ingkang sampun kagodhog lan gêndhis sarta sampun asrêp. Yèn galêpungipun mêntah santênipun kêdah bêntèr. Anggènipun ngulèni ngantos sangêt, utawi satêngah matêng. Jladrènipun kados jaladrèn srabi. Lajêng dipun wadhahi ing cithakan ingkang sampun kaosèr-oseran lisah utawi kalambaran godhong pisang. Nuntên kalangsêng ngantos matêng (kalis).

Pandamêlipun langês: Sêpêt, utawi kulit durèn garing dipun bêsmi ngantos dados arêng, lajêng dipun gêrus lêmbat, kaparingan toya sakêdhik dipun saring.

Lapis Têlês

Pandamêlipun kados jongkong, namung langês kasantunan warni abrit (angkak), ijêm (godhong pandhan wangi), biru (sêkar têlêng) sarta panglangsêngipun dipun sap-sap, utawi dipun lapis. Lapisan ingkang sapisanan kêdah matêng sayêktos lan tanak, dados kêdah dangu, mangke sanèsipun sagêd enggal matêngipun lan tipis.

Ondhe-ondhe

Tigan dipun ublak kalihan gêndhis sacêkapipun, kaparingan galêpung kêtan, lajêng dipun ulèni (dipun cêprot) ugi kenging dipun gêblog, ngantos mulur sangêt. Mundhuta jaladrèn sakênèkêr dipun tipisakên ing têngah kaparingan kumbu utawi êntèn-êntèn. Dipun galindhingi lajêng dipun intêri ing tampah ingkang sampun wontên wijènipun. Manawi sampun gabul wijèn lajêng kagorèng.

Pandamêlipun kumbu: kacang wose, dipun gorèng sangan, dipun sosoh, lajêng kagodhog ngantos êmpuk kaparingan godhong pandhan wangi. Dipun dhêplok mawi gêndhis salêginipun, nuntên dipun galindhingi sapantêsipun.

Manawi kacang ijêm, anggènipun nosoh mawi mêrang.

Suntariyati. Blora.

--- 55 ---

Dhukun Bayi

Wontênipun ing jaman samangke, dhukun bayi punika wontên kalih golongan, inggih punika: ingkang botên pikantuk piwulang, limrahipun dipun wastani: dhukun Jawi, saha ingkang pikantuk piwulang, dipun wastani vrudvro.

[Grafik]

Nyai Darmaprawira.

Mênggahing biyung, nglairakên jabang bayi punika sampun dados kuwajibanipun. Sêsanggèn ingkang kados makatên wau rêkaos, awit manawi botên kalêrêsan sagêd ambêkta nyawa, dados dede prakawis baèn-baèn. Jalaran saking punika amila prêlu sangêt ingatasipun anglairakên jabang bayi punika angsal pitulungan saking dhukun bayi ingkang mangrêtos, supados sagêd mayarakên rêkaosipun ingkang nglampahi wilujêng ing sapanginggilipun.

Kula punika sampun sêpuh, anak kula kathah, ingkang sabagean agêng lairipun dipun pitulungi dhukun Jawi, jalaran kula tansah dêdunung ing papan ingkang sêpên, sabagean alit sarana pitulunganipun vrudvro, dados sagêd ambedakakên pundi ingkang langkung mayar saha sakeca, jêr kalih-kalihipun angawaki. Kadospundi pratikêlipun pun dhukun anggèning têtulung, kalih pisan kula andharakên ing udyananing Kajawèn ngriki, ambokmanawi sagêd migunani ingkang karsa manggalih.

Kalanipun kula dipun pitulungi dhukun Jawi, sasampuning wêtêngan kula dipun tingali, lajêng kalêrêsakên pundi ingkang dèrèng lêrês. Sarêng sampun abêbadra, kula kapurih linggih sluku, majêng miturut petanganipun nyai dhukun. Semah kula linggih dhingklik utawi pithi wontên ing sawingking kula cakêt, kula sèndhèni, punika namanipun nyundhang.

Nyai dhukun linggih ing satêngên kula, sampun sêdhiya pangaron isi toya, kacêmplungan tigan mêntah satunggal, kunir sairis, sêkar saha arta 2 sèn. Ing nalika punika samukawis ingkang mawi tutup dipun bikaki, dêdamêl ingkang mawi rôngka dipun unusi, para ingkang nênggani rasukanipun botên kenging dipun bênikakên utawi dipun pênitèni. Ujar gugon-tuhon anggangsarakên lairipun jabang bayi. Manawi uwat, kula kapurih ngrangkul guluning semah kula, supados kiyat, suku kula dipun jagi tiyang satunggal.

SaspuningSasampuning. jabang bayi lair, kula kapurih ngaso sakêdhap, sanginggiling wêtêng kaambênan sêtagèn ingkang kêkah, kuwatos yèn ari-arinipun munjuk, niwasi. (Makatên wau manawi wêdaling jabang bayi botên sarêng kalihan ari-ari). Sarêng sampun ngaso, uwat malih ngantos mêdalipun ari-ari. Kula ngaso malih, nyai dhukun angupakara pun jabang bayi ngantos sarampungipun. Sasampuning napas kula aring, kula kapurih tilêm mêngkurêb, dipun idak-idak alon dening semah kula mawi suku satunggal, purihipun anuntasakên êrah ingkang awon. Watawis saprasakawan [sapra...]

--- 56 ---

[...sakawan] jam tangi, santun sinjang, tumuntên adus dhatêng jawi, parêman pisan. Mêntas adus malêbêt ing griya, tansah dipun jagi, nglangkahi sapu mêrang ingkang kabêsmi, ngantos ambal kaping tiga. Manawi pinuju makatên badan kula gumêtêr, panon kula sok lajêng sumrêpêt. Kula lajêng mapan tilêman ing papan ingkang sampun kasêdhiyakakên, bantalipun tumpuk-tumpuk ngantos inggil, dados tilêm kula sèndhèn, suku mancad ing pancadan sela utawi pipisan, makatên wau ngantos sawatawis dintên laminipun. Nêdha kula namung lawuh garingan saha kuluban.

Sanadyan sabên-sabên ingkang mitulungi kula punika dhukun Jawi, ewa samantên loking ngakathah sagêd gangsar tanpa sambekala, ngantos andadosakên pêpenginaning ngakathah. Sababipun punapa kula piyambak botên mangrêtos, kajawi namung Gusti Allah ingkang ngawekani.

Badhe kasambêtan.

Nyi Darmaprawira.

Sinjang Parangkusuma

Kados ingkang sampun nate kapratelakakên ing ngajêng, bangsaning sinjang parang-parangan punika garis miring, tumraping praja Kajawèn dados awisan, tuwin ingkang dipun wênangakên mangagêm namung para bêndara.

Sarèhning awisan wau namung tumindak wontên ing Surakarta tuwin Ngayogyakarta, tuwin kêncênging awisan wau kala jaman rumiyin, mila pinanggihipun wontên ing sajawining nagari kêkalih wau sumêbar sangêt. Awit, kajawi botên wontên awisan, ing salugunipun bangsaning sinjang parang-parangan punika pancèn sae, umumipun dipun rêmêni ing tiyang. Ewasamantên tumrap raosipun bôngsa Jawi, mangangge sinjang parang-parangan sowan dhatêng pangagêng, taksih wontên raosipun rikuh.

Mênggah bakunipun sinjang parangkusuma punika inggih sinjang parangrusak limrah, namung ing lêrêsing tembokan lajêng dipun pêcah-pêcah, ing ngriku lajêng wujud isi sogan.

[Grafik]

Pantêsipun sinjang Parangkusuma punika dados agêm-agêmanipun wanita, dipun agêmana rasukan punapa kemawon pantês.

--- [0] ---

Ôngka 29, Stu Wa, 8 Sapar Jimawal 1869, 9 April 1938, Taun XIII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [437] ---

Ôngka 29, Stu Wa, 8 Sapar Jimawal 1869, 9 April 1938, Taun XIII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt - Pajagèn Bêbaya ing Gêgana - Marsudi Gêndhing Jawi - Kawontênan ing Jêrman Sapanunggilanipun - Pakon Barêng Linakon - Bab Suryawirawan - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Pangungsêt

Sindhènan ingkang akajêng lêbêt.

Wontên sindhènan talèdhèk kangge ulêr kambang, ungêl-ungêlanipun makatên: carang wrêksa, wrêksa wilis tanpa patra. Têbusanipun: Nora gampang (angsal dening: pang) wong urip (angsal dening kayu urip) nèng ngalam donya.

Tumrap tiyang ingkang rêmên anggothak-gathukakên basa, ungêl-ungêlan kados makatên wau lajêng tinampi lêbêt, botên dupèh ungêling talèdhèk. Nanging manawi dipun manah, punika sanès bangsaning anggothak-gathukakên, nyatanipun salugu nyuraos basa ingkang akajêng: tiyang gêsang wontên ing ngalam donya punika pancèn angèl.

Mênggahing panyuraos lajêng kenging dipun grayang wiwit saking wadhag dumugi ing alusipun, kados ta:

Angèling gêsang wontên ing ngalam donya punika botên kadosa, wajibipun kêdah pados têdha, môngka rêkaosipun tiyang pados têdha (nyambut damêl) punika sampun cêtha. Ing mangke manawi sampun sagêd nyambut damêl, lajêng ngraosakên rêkaosipun tiyang nata bêtah, botên wontên petang ingkang sagêd nocogi kangge metang kabêtahanipun. Saupami sampun sagêd nata bêtah, inggih dèrèng kantênan sagêd srêg anggèning nata prajanipun, cêkakipun tansah lêlajêngan sarwa: ora gampang.

Ing sapunika lajêng dipun punggêl, kainggahakên dhatêng gêsanging batos, ingkang gampil dipun lampahi tanpa ngrêgiyêg, têgêsipun tanpa nyambut damêl sagêd tumindak, salêbêting mlarat inggih sagêd anglampahi, awit ingkang kangge pawitan namung batos, sagêd pinanggih tanpa waragad.

Nanging nyatanipun sarêng sampun dipun lampahi, malah saya langkung angèl, ing kalaning nandhang kêmlaratan wontênipun namung pêt-pêtan. Wusana pantog ing panggagas, padhanging kêbatosan punika pancèn kêdah sêsandhingan donya. Nanging ing ngriku kêsupèn, bilih kadonyan wau kanggenipun wontên ing jaman lair, kajêngipun inggih namung badhe ambanting angingêl-ingêl kados ingkang kasêbut ing nginggil.

Dados mênggahing pamawas, kalih pisan wau kêdah angênggèni, nanging kêdah sumêrêp dhatêng watês-watêsipun.

Kados makatên nyataning angèlipun tiyang gêsang wontên ing ngalam donya. saupami botên nyêbal ing kalimrahan, tamtunipun wontên têtêmbungan: luwih gampang wong mati nèng ngalam donya.

Cêkruktruna.

--- 438 ---

Pajagèn Bêbaya ing Gêgana

Sambêtipun Kajawèn nomêr 25.

Gas Racun Kangge Dêdamêl Pêrang.

Anggunakakên gas racun kangge ngrisak mêngsah ing paprangan punika bôtên gagrak enggal-enggalan mawon. Ing jaman kina tiyang sampun anyampur bubukan wêlirang kalihan obat kadamêl bom mawi sumbu, ingkang kauncalakên ing salêbêting bètènging mêngsah.

Gas racun ingkang katamakakên agêng-agêngan, ingkang ngantos dados orêging jagad, punika ingkang pinanggih kala tanggal 22 April 1915, wontên wêwêngkon nagari Eipêrên ing tanah Bèlgi, wêkdal pêrang donya taun 1914 - 1918. Kirang langkung wontên saradhadhu Prancis tuwin Inggris cacah 5000 sami tiwas tuwin 15000 sakit. Mênangipun bôngsa Jêrman ingkang samantên agêngipun wau botên sanès, jalaran bôngsa Prancis tuwin Inggris ing wêkdal punika dèrèng manah dhatêng akal pêrang ingkang mawi gas wau, dados botên sadhia kangge ihtiyaripun panulak.

Makatên ugi wêkdal Sultan Abdulkarim golongan Raphkhabilên ing Aprikah lèr, ambela mêngsah Sêpanyê, kapêksa pasrah jiwa awit kamêngsah mawi gas racun ingkang botên dipun mangrêtosi panulakipun.

Ludhêsipun prajurit Ngabêsi, ingkang dèrèng nate sumêrêp gas racun, ugi dipun dhawahi mostêr gas dening bôngsa Itali. Grimis mostêr gas dipun wastani borotan motor mabur kemawon, wusana badanipun tiyang Ngabêsi sami lonyoh.

Mênggah kawontênanipun gas pêrang ingkang sampun kasumêrêpan ing ngakathah, punika kados ingkang kasêbut ing ngandhap punika:

Miturut dayaning gas ingkang angrisak peranganipun badaning manusa, gas-gas wau kaperang dados 4 golongan:

1. Golongan gas ingkang ngrisak paru, wusana tiyang botên sagêd ambêgan (verstikkende gassen).

2. Golongan gas-gas ingkang adamêl raos pêdhês, pating trêncêm lan bêntèr wontên kulit, irung, mripat, cangkêm (prikkelende gassen).

3. Gas-gas adaya wisa (gigtige gassen).

4. Golongan gas-gas ingkang adamêl mlênthunging kulit, wusana lajêng ngruwêk ing kulit daging (blaartrekkende gassen).

Pêprincèn ingkang kasêbut ing nginggil punika botên sagêd kadamêl cèplês sangêt, awit wontên gas-gas golongan kaping 1 ingkang ngrisak paru, ingkang manawi tumama raosipun kados gas-gas golongan kaping 2, dados nuwuhakên pêdhês, bêntèr, pating trêncêm. Makatên ugi gas-gas golongan kaping 4, manawi lumêbêt ing paru têmtu adamêl risak.

Gas-gas golongan kapisan, ingkang angrisakakên paru (verstikkende gassen), kaperang dados kalih inggih punika:

1. Gas-gas ingkang tumamanipun adamêl sakit,

a. chloor. | b. chloor pikrine.

Warninipun gas punika kados pêdhut sêmu ijêm punika jalaran saking langkung awrat katimbang hawa, lampahipun [la...]

--- 439 ---

[...mpahipun] gêmolong, têtuwuhan ingkang kalangkungan lajêng alum. Sadaya bolongan, luwangan sami kisèn ing gas wau.

[Iklan]

Ambêtipun kados: bleekpoeder (kapur kangge damêl pêthak sandhangan) utawi: caporiet (ingkang kangge ngrêsiki gêndul utawi damêl rêsik toya lèdhêng). Tumanjaning dhatêng tiyang damêl pêdhês mripat lan nuwuhakên watuk, ambêgan lajêng sêsêg, utawi malih sagêd damêl jêlèh tuwin mutah.

2. Gas-gas ingkang tanjanipun alus inggih punika:

a. phosgeen lan b. perstof.

Gas wau tanpa warni. Sagêd damêl raos pêdhês lan pating trêncêm, manawi wontênipun ing awang-awang sangêt kandêl, nanging limrahipun tiyang botên kraos kalêbêtan hawa racun wau salêbêtipun napas. Titikanipun gas wau ambêtipun kados sukêt bosok, kados bawang, kados bosokanipun sawo manila, punika miturut pôncadriyanipun tiyang piyambak-piyambak.

Tiyang ingkang sampun nyêrot: phosgeen lan perstof wau, sakesahipun saking panggenan gas botên kraos punapa-punapa, badan kraos sêgêr. Namung sawatawis jam malih nandhang sakit. Mênggah ingkang anjalari makatên:

Pirantos ingkang kangge ambêkan punika, wiwit saking irung, gurung agêng lan alit kèndêlipun wontên ing gombyokan kanthongan salêbêting paru. Kanthongan punika kulitipun tipis, nèmpèl mêrgining rah ingkang alus sarambut-rambut. Hawa zuurstof ingkang wontên kanthongan salêbêting paru kasêrot noblos ing kulit kanthongan wau manjing ing rah. Hawa koolzuur ingkang kabêkta rah asli saking badan lumêbêt dhatêng kanthongan paru, têrus kawêdalakên, punika nama ambêkan.

R. Pringgadiharja, Leider gas sectie G.G.D Bat

Pawartos saking Redhaksi

K 1373, ing Sêmarang, Sl, W. 5 Sawal Jimakir 1842 dhawah 17 Sèptèmbêr 1912. 27 Bêsar Dal 1847 dhawah A. Rê.Pa (= Paing). 14 Oktobêr 1917 botên R Pn. A. P. 11 Sawal Be 1845 dhawah 21 Juli 1918.

K. 3408 ing Kuthaarja, Mijil Sulastri sapanunggilanipun, punika gêndhing. R.W. 17 Rabingulakir Alip 1834 dhawah 21 Juni 1905. 17 Dulkangidah 1836 punika taun Ehe sanès Jimawal.

K. 1319. dhawah 16 Oktobêr 1912.

--- 440 ---

Kagunan Jawi

Marsudi Gêndhing Jawi.

Nuwun wiyosipun, miturut wara-wara kawrat kalawarti Kajawèn, ingkang kawêdalakên tanggal 30 Marêt 1938 ôngka 26, kula kapatah ngawontênakên karangan nyinau gêndhing cara ing Ngayogyakarta.

Angèngêti ing wêkdal punika kathah para sadhèrèk Jawi ingkang sami kapengin sinau nabuh gôngsa, môngka manawi badhe sinau kêdah andhatêngakên guru ingkang lêbda dhatêng prakawis gôngsa, ingkang adhakan (gampil) lajêng andhatêngakên wiyaga. Nanging wiyaga wau dèrèng tamtu sagêd nyukani tuntunan, kadospundi caranipun mulang ingkang wiwitan, saha ingkang gampil dipun mangrêtosi.

Ing sasumêrêp kula ugi sampun kathah buku tuntunan nut gôngsa ingkang kawêdalakên dening toko buku tuwin sanès-sanèsipun, nanging saupami nut gôngsa wau dipun cakakên kangge nuthuk makatên, taksih ambêtahakên katrangan kathah, dados kenging kawastanan sawêg balunganipun.

Kaping kalihipun, taksih nama dèrèng nyêkapi sawêtah, jalaran tumrap nut gerong uran-uran, tuwin urut-urutanipun dèrèng karakit pisan.

Wontênipun karangan kula punika atêgês botên badhe ngewahi nut-nut ingkang sampun wontên, nanging sêdya kula punika namung sagêda saya anggampilakên dhatêng sadaya sadhèrèk ingkang bêtah ngalap paedah.

Ewasamantên, ing têmbe wingking sagêd ugi para lêbda wontên ingkang badhe nyampurnakakên malih. Nanging dumugi titimôngsa punika kados sampun lowung kagêm wiwitan sinau, awêwaton sêsêrêpan kula ingkang kula tuntunakên dhatêng sadhèrèk-sadhèrèk.

Kajawi punika prêlu kula têrangakên, sarèhning pasinaon kula bab gôngsa wiwit alit dumugi sêpuh wontên Ngayogyakarta, dados ingkang kula sumêrêpi lan kula mangrêtosi inggih thuthukan cara Ngayogyakarta.

Wusana manawi wontên kêkiranganipun sawatawis, sarta bilih wontên lêpating atur kula, para maos mugi sampun kirang ing pangaksama.

Pasinaon ingkang wiwitan.

Marsudi gêndhing Jawi.

Sadèrèngipun nabuh gôngsa, sadaya ingkang sami badhe sinau kêdah ajar gerong utawi uran-uranipun rumiyin, gêndhing punapa ingkang badhe dipun sinau. Upami ingkang badhe dipun sinau ungêlipun gêndhing Pangkur. Punika kêdah sinau kadospundi lagunipun gerongan utawi uran-uranipun gêndhing Pangkur. Wiwitan dumugi satêlasipun (sapada), utawi saêgongan, mawi tuntunan larasing gôngsa, ingkang gampil sagêdipun lajêng mangrêtos, kêdah pawitan gadhah peranganing gôngsa, inggih punika saron isi 6 wilah. Manawi dèrèng

--- [441] ---

gadhah, prayogi mundhut tumbas saron barutbarung. tosan, wêdalan pêkên, kintên-kintên pangaos 10 sèn, mawi mastani ingkang laras slendro. (Tumrap ing Ngayogyakarta kathah sangêt ingkang sade). Sinau lagu gêndhing pangkur wau kêdah dipun wongsal-wangsuli ngantos apil.

[Iklan]

Manawi gerong sarta uran-uranipun sampun sagêd, lajêng dipun wiwiti sinau nabuh, wontên bêbasan Jawi: lair iku utusaning batin.

Dados sagêdipun nabuh kalayan runtut punika sakawit inggih saking rêngêng-rêngêng rumiyin.

Yèn badhe mangrêtos dhong dhingipun, badhe katrangakên ing wingking.

Dene patrapipun nabuh saron punika, caranipun, tabuh saron kacêpêng ing tangan têngên, ingkang kiwa nyêpêng wilahan kangge mathêt, sasampunipun wilahan katabuh.

Upami, mêntas nabuh satunggal wilah, tabuh saron mangkat minggah, wilahan ingkang mêntas katabuh lajêng kapathêt tangan kiwa. Nanging pamathêtipun mawi antawis, inggih punika tabuh saron badhe nuthuk malih, prêlunipun kangge nyilahakên swara, satunggal lan satunggalipun wilahan.

Manawi sampun sakintên mangrêtos dhatêng thuthukan laguning gêndhing pangkur sawêtah, lajêng dipun mupakatakên dhatêng para ingkang lêbda dhatêng gêndhing, punapa thuthukan sarta lagu kasêbut nginggil punika sampun lêrês.

Yèn sampun lêrês, lajêng nyobi nabuh sêsarêngan dhatêng pakêmpalan nabuh pradôngga ing ngriku lajêng sagêd priksa iramanipun thuthukan, wilêd sêsêg, tamban, tanggêl sarta wilêd rangkêp, sapanunggilanipun. Badhe kasambêtan.

R. Ng. Pringgaardana.

--- 442 ---

Kawontênan ing Jêrman Sapanunggilanipun

Raos gêtêr ingkang tuwuh jalaran saking kawontênanipun Jêrman, ing sapunika sampun wiwit sirêp, saha kenging dipun wastani manunggiling nagari kêkalih, Jêrman kalihan Ostênrik sampun lulus tanpa kara-kara.

Manawi miturut kawontênan, golongan nasi ing Ostênrik punika cacahipun dèrèng nyamèni kalihan golongan sanèsipun, nanging jalaran kadunungan wantêr tuwin kêbombong saking Jêrman, sagêd adamêl mirising golongan sanès-sanèsipun.

[Grafik]

Gambar agêng, dhatênging wadya Jêrman ing Ostênrik.

[Grafik]

Gambar bundêr, wangsulipun Sang Hitler saking Ostênrik.

Kasêmbadaning sêdyanipun Jêrman ingkang kados makatên wau sanadyan ing sapunika sampun katingal asrêp, ugi dèrèng sagêd damêl marêming praja sanès, tuwin botên sagêd lajêng namung kèndêl kemawon. Tumrap Tsjecho Slowakije ingkang pinanggih tansah nyamarakên dhatêng Jêrman, ugi lajêng katingal sagêd gathuk, ingkang ing sêmu botên ngawontênakên sônggarunggi. Saya sarêng Tsjecho Slowakije nyumêrêpi unduring wadya Jêrman ingkang wontên ing Ontênrik,Ostênrik,. lajêng pinanggih saya ayêmipun.

Ing bab manunggilipun Jêrman kalihan Ostênrik punika lajêng mujudakên indhaking kasantosanipun Jêrman, tamtu kemawon sawarnining tindak ingkang pinanggih ing Jêrman, ugi badhe pinanggih wontên ing Ostêrik. Mênggah dayaning ebah-ebahan punika

--- 443 ---

sanadyan raosipun asrêp, mêksa dados pamanahan, mila botên anèh bilih nagari pundi-pundi lajêng sami nyantosakakên dêdamêlipun. Ing sapunika ing bab kawontênaning bôngsa Yahudi ingkang pinanggih wontên ing Ostênrik, rumaos manawi kêtungkêp ing bêbaya langkung agêng. Wontênipun makatên, awit manunggiling Jêrman kalihan Ostênrik punika atêgês damêl apêsipun bôngsa Yahudi ingkang sampun têntrêm manggèn ing Ostênrik.

Ing ngajêng sampun kalampahan para bôngsa Yahudi ingkang sami manggèn wontên ing laladan Jêrman dipun kuya-kuya supados sumingkir saking laladan ngriku, saha kalampahan, kenging dipun wastani ing Jêrman sampun botên wontên bôngsa Yahudi. Ing sapunika kadospundi tumrap wontênipun ing Ostênrik sarêng kados makatên.

Tumrap bôngsa Yahudi wau lajêng rumaos sami bingung, lajêng sami badhe sumingkir dhatêng pundi. Môngka miturut pèngêtan, bôngsa Yahudi ing Ostênrik punika wontên 170.000 sami manggèn ing kitha Wenên, inggih punika kitha karajanipun Ostênrik. Cacah jiwanipun bôngsa Yahudi ing ngriku punika tansah minggah mandhap. Dene tata panggêsanganipun inggih kalêbêt ngrêkaos, malah wontên ingkang gêsangipun sangsara, saha kêpêksa angsal pambiyantu saking golonganipun. Dados pinanggihipun ing sawatawis taun ingkang kapêngkêr, panggêsanganing bôngsa Yahudi ing ngriku punika ugi dados têtanggêlanipun nagari. Nanging tumraping bôngsa wau wontênipun ing ngriku inggih taksih kêgolong sakeca, awit ugi taksih kêpilih sagêd dados narapraja. Namung dangu-dangu, sagê-Dilanjutkan pada hlm. 444.

[Iklan]

--- 444 ---

[Grafik]

Gambar ing nginggil punika Kangjêng tuwan ingkang wicaksana punapadene putri-pitrinipun lan para pandhèrèk sadaya nalika wontên ing pakaryan pamêlikan ing Bangka - Biliton badhe mriksani dhudhukan ing nglêbêt siti ingkang lêbêtipun 200 mètêr.

[Lanjutan dari hlm. 443 : Kawontênan ing Jêrman Sapanunggilanipun]

d ugi jalaran saking kububan daya saking Jêrman, panggêsanganipun bôngsa Yahudi ing ngriku saya rupêg, cacah jiwanipun saya suda-suda. Wusana sarêng sapunika têtela Jêrman anggadhahi panguwaos ing ngriku, bôngsa Yahudi ing ngriku lajêng rumaos tanpa kêlik, kêpêksa pados pangungsèn dhatêng sanès nagari.

Ing bab tilas kansêlir Schuschnigg sapriki ugi taksih dados rêmbag, awit kawontênanipun tansah taksih gêgayutan tuwin dados wiraosaning ngakathah. Miturut wartos, sarêng wadya Jêrman malêbêt dhatêng Ostênrik, Schuschnigg lajêng oncat saking praja. Ing sapunikanipun lajêng badhe dipun ajêngakên dhatêng ngarsaning pangadilan, dene kalêpatanipun Schuschnigg nêrak anggêr-anggêring praja, inggih punika bab pamilihing rakyat, punika kêdah katêtêpakên dening kabinèt sadaya, môngka ing bab punika Schuschnigg namung ngangge kajêngipun piyambak, botên nêdha panimbang dhatêng para ministêr sanès-sanèsipun, saya malih botên suka sumêrêp dhatêng ministêr babagan salêbêting praja, inggih punika Seiss Inquart.

Miturut wartos papriksanipun badhe wontên ing gêdhong pangadilan luhur Leipzig, ingkang rumiyin kangge papan mriksa prakawisipun Van der Lubbe gêgayutan prakawis kabêsmèn Rijksdag. Bab-bab ingkang kangge panyêrêg wontên gangsal prakawis, ingkang sadaya dados jalaraning kalêpatan agêng.

Miturut kawontênan ingkang taksih kados makatên punika, sanadyan manunggiling nagari kêkalih wau pinanggih sampun têntrêm, nanging ugi taksih wontên kemawon sabab ingkang thukul.

--- 445 ---

Wulang Sae

Pakon barêng linakon.

[Pangkur]

Nganggêp rèh tanaga kuna / ana uga kang kêna kanggo mikir / prakara kang wus kêpungkur / kiraning pamatara / kang prayoga lawan dêduganing laku / kang padha lagya linakyan / bênêr luputing pamilih //

dimèn datan tuna dungkap / pakolihe tan kilap ala bêcik / titike tan bisa klèru / larasaning panglimbang / nadyan silih dèn buwanga sêbrang-sêbrung / barang kawak kuna êngkak / nora enak dèn lakoni //

nanging tindake kêpenak / aywa kongsi kasêpèn ing pangèksi / kang bênêr lawan kang luput / ala bêcik trêwaca / wursitane pratitis pamatrapipun / pinrênah êmpane mapan / têpaning panandhing milih //

tumrap pranataning cara / winicara kang gagrag anyar kèksi / kasêlanan salin lagu / lêgan salaga enggal / paninggale sing wus lawas nora worsuh / pakewuhe kinawruhan / anyarong sinaring wêning //

winêngan wanuh wuninga / nora ilang ambuwang nulya manggih / manggone ing bênêr luput / tan limut bêcik ala / aja isin aja rikuh aja ewuh / napak tilas kang wus lawas / luwasa amituwasi //

wos-wose yogya ginawa / kanggo jantu ing tuju bênêr bêcik / nèng sajroning jaman maju / juru pangayubagya / bokmanawa bisa muwuhi mring kawruh / warah wor dolanan bocah / ugêr paedahing urip //

lan mungguh kang para priya / kudu kêndêl wani ing lara pati / ulah atosing bêbalung / kêncênging otot kuwat / kulit mulêt saka kukume kang umum / pangkat angkat junjung awrat / watêse mikul myang nyunggi //

budi jêmbar jangkah ômba / têmên mantêp marang sabarang jangji / mituhu manut miturut / pranataning parentah / kang kêlumrah dadi wêwatoning laku / kawêngku ing paugêran / anggêr sagolongan tunggil //

rukun sih rêksa-rumêksa / marang rowang kulawôngsa nyrawungi / pawong karuh kang kinancuh / kang kêdah bèncèng cipta / ing salampah mung tansah wêngku-winêngku / pangrêngkuhing pirukunan / kinancing dening prajangji //

rojong samya sinanggêman / nganggo ngadat wêwaton tataning nagri / têturutan kang tiniru / karana nora nana / wong aurip kang nora kawêngku kukum / lire kêbawah kêprentah / pranatan sajroning urip //

tangi lungguh turu mangan / lan liyane sanadyan muna-muni / pinêsthi manut miturut / têtêping pamranata / kang wus padha dadi pêpancèning idhup / ngidhêp tuladhaning praja / kapurba nèng rajaniti //

upama wong turu mangan / pan wus ana watone kang matêsi / tata ngadat tindak-tanduk / kudu miturut prentah / nora kêna kinarya sakayun-kayun / kaya ta karêp priyôngga / mung dupèh kanggo pribadi //

mêmangan tanpa dèn mamah / cara sarpa sarap têmbunging bukti / turu karo mlaku-mlaku / glènggèng nyinom Logondhang / lamun lungguh andhingkluk sinôngga bathuk / kang mêngkono apa ana / wong nylênèh nganèh-anèhi //

anuhoni tata janma / manjing dadi [da...]

--- 446 ---

[...di] pasaksèn kang amursid / sipat wong kudu kawêngku / kawasèng tata ngadat / anêtêpi wêwaton witing tumuwuh / uwohing paniti raja / kang maharja bumi-bumi //

gantya kang para wanodya / sadayanya ana ugêring dhiri / ingkang parawadu kudu / angulah solah tingkah / gandês luwês parigêl satandang tanduk / kèwês aruming wicara / acarêm ngrêsêpke ati //

jatmika aparikrama / sarèh rèrèh rarasing silastuti / satata bêtah pilungguh / sumèh sêmuning netya / sanityasa niti nastiti ing petung / gêmi atêgên ing karya / mugên arigên pêpanti //

pantês panutaning donya / baku dadi bakuning sarwa dadi / kurbaning jagad arjayu / dumunung ing wanodya / panas pêrih pait gêtir ngêrês linu / nora larang linuhurna / kang para tinitah janmi //

jamu-jamu kudu wikan / kaanane pangupakara siwi / rêti mring pangruktinipun / panata bale wisma / wus sêmono pamuwus wosing tumuwuh / ing mangkya nulya micara / carane jaman kariyin //

kayatnaning budi wrêdha / angadani dolananing raryalit / lan linut liding tumuwuh / mawor mawèh warsita / sotaning rèh rinaras pinrih rumasuk / sadurunge wruh ing gita / nging wus nglakoni ing gati //

yèn mungguh kang para priya / jor jelungan bênthik lan kêndhi gêrit / ing jangji têtêp mituhu / atut nurut pranatan / yèn jelungan kang dadi kudu amburu / dera kudu bisa nyandhak / kancane kang padha dhêlik //

tan ngetang pringganing marga / lara têmah pati tanpa tinolih / kang buru lan kang binuru / sêtyane padha uga / durung cara cidra culika ing laku / kang nyandhak lan kang cinandhak / wania nêrak prajangji //

tanpa gantungan pidana / suprandene wêdi kêpati-pati / poma kang dadi mumung. tunggu / ngêbrok nèng gon jelungan / ngenak-enak thênguk-thênguk karo ngantuk / sing mlayu sêmono uga / bok ya manut bae uwis //

tuwase mung tiwas sayah / kêcandhaka ya gene wong tan sakit / kacidran mêngkono mau / dhèk kuna durung ana / kabèh bocah wantah atine mung lugu / nglungguhi têtêping bocah / paracidra isih têbih //

beda lan jaman samangkya / akèh bocah wus sugih akal budi / ngungkuli wong kang wus pikun / mungguhing jaman kuna / kang wus bisa ngingêr basa laku dudu / duwèke wong kang wus tuwa / dening wruh ala lan bêcik //

mulane kêpara cidra / dera kudu lumaku golèk bêcik / nanging malah kosokwangsul / jêbule olèh ala / lamun bocah lumrahe mring cidra lumuh / dening tan wruh bêcik ala / ing dosa durung darbèni //

gantya dolanan wanodya / kabèh mêsthi winarah mrih nyrambahi / panganggo ugêring wadu / kaya ta jêjamuran / cublak suwêng gula ganthi lan jaratu / mantenan anak-anakan / dhakon gathèng sêbar jênthik //

dyan samya ngadi busana / mastawaring endahing suwarna sri / purbaning swara raras rum / nênarik rèh pirêna / pranèng para pamyarsa myang kang samya wruh / nawung sêmuning wasita / tataning wong winongwong sih //

P.

Pawartos saking Redhaksi.

R.S. ing pabrik Mojoagung. Ingkang kados karsa panjênêngan punika, kasambadanipun namung tumrap ingkang sampun katingal kawêkêlanipun. Ingkang sampun sawêg kaanggêb cobèn-cobèn.

Tuwan S. Suryabrantan 19. Gambar punika kamanah botên sapintêna pigunanipun.

--- 447 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Bab Suryawirawan.

III

Garèng : Anggonmu anêrangake ing bab têgêse: Suryawirawan, wis gamblang, Truk. Wèh, bangsane dhewe kuwi pancèn sugih pêlambang, wong prasaksat apa-apa iya nganggo pêlambang, luwih manèh tumrape bôngsa Jawa. Mara pikirên, jarene iya wis jênêng pêlambang, yèn ana wong tuwa duwe... prawan lêmu.

Petruk : Wiyah, têka ora mèmpêr mêngkono, ana wong tuwa duwe prawan lêmu, kathik wis kalêbu ing pêlambang. Pêlambang apa, Kang Garèng, mara caritnacaritakna. nyang aku.

Garèng : Iki pêlambange wong tuwa sing kêndho atine, Truk. Saka dening kêndhone atine mau, anak wadon andina-dina anggayêmi, têgêse: ora lèrèn-lèrèn anggone mil-milan, iya kêna-kêna bae, plêsir-plêsir, nênonton nganti wêngi, piknik-piknik (darmawisata) karo kônca-kancane jarene, nganti pirang-pirang dina, iya dijorake bae, dadi sing dadi prawan, wong iya ora ana prihatine, nanging mung sênêng-sênêng bae, mulane iya lêmu.

Petruk : Rak iya ora dadi ngapa, ta Kang Garèng, kadar saiki wis jaman modhèrên, anggêre sing lêmu kuwi bae aja... wêtênge. Ora, Kang Garèng, nèk kaya ngono kuwi dudu pêlambang arane, nanging wohe wong duwe anak wadon dijor sakarêp-karêp. Nèk apa-apa kok anggêp pêlambang, mêngko ana wong mripate kriyip-kriyip, banjur kok unèkake: pêlambange wong... dhêmên main.

Garèng : Iki arane rak banjur mung golèk-golèk bae, Truk. Wis, bab kiyi padha dicuthêl samene bae. Saiki aku arêp takon saprakara manèh, gênahe apa iya pêlambang manèh, ya kuwi: ing pundhak jase Suryawirawan kathik ana cêlèrète têlung warna: ijo, abang, lan putih, iku mungguh têgêse apa, Truk.

Petruk : Iki sanyatane mono iya pêlambang manèh, Kang Garèng, mungguh ijo: kuwi karêpe urip, abang: wani, dene putih kuwi karêpe sukci. Dadi karêpe ing kono, wong dadi Suryawirawan kuwi, kudu: wani urip kang...

Garèng : Mêngko sik, Truk, mêngko sik, iki rêmbug kang ora mathuk babar pisan, wong ditakdirake ana ing donya kuwi mêsthine iya wani urip. Sêtun têmên nèk kaya bêndara Janaka ka2- [ka...]

--- 448 ---

[...2-] sêlagine nandhang wirang, hla, watak sing kaya ngana kae pantês diudi. Awit kowe rak iya sok krungu dhewe kalane ndara Janaka nandhang wirang, kuwi pangangluhe mêsthi mangkene: Dewa, tinimbang nandhang wirang kaya mangkene, aluwung jabutên nyawaku bae, dadi karêpe: timbangane isin, aluwung mati. Rak iya mêngkono sing jênêng satriya kuwi. Hla nèk wong têrus-têrusan wani urip, kuwi bakale langganan di: siya-siya, lan disawiyah-sawiyah. Kaya ta: dipisuh-pisuhi, digêthaki, dikêlèti, lan sapadhane, mung: nrima, anggêre urip, iya kaya ngono kuwi wong sing wani urip, mara, apa ora langganan ngosèk aliyas dadi andhapan, ajêgan.

[Grafik]

Petruk : Kaliru tômpa kowe, Kang Garèng. Kayadene pangangluhe bêndara Janaka yèn nandhang wirang, banjur ngandika: Aluwung mati katimbang wirang, iki nèk mungguh panêmuku, kadhangkala iya kêna diunèkake pêngpêngan, nanging bisa uga nandhakake asoring budine. Wong wirang banjur anyut tuwuh, takunèkake bisa uga pêngpêngan, yèn ing kono duwe sêdya anak putune aja nganti kêcorengan alane mau. Utawa yèn disaranani anyut tuwuh mau, anak putune bakal linuwaran saka alaning kalakuane mau. Nanging yèn anggone anyut tuwuh mau, sabab wêdi nglakoni urip sing nalôngsa lan rêkasa, iki jênêngane tindak kang asor, Kang Garèng.

Garèng : Dadi saupamane aku kiyi wong sugih bangêt, dumadakan aku banjur kobongan, kang anjalari bandhaku labas babarpisan, yèn aku banjur nyêmplung kêdhung...

Petruk : Bisa nglangi apa ora dhisik.

Garèng : Wayah, kathik nganggo pitakonan sing anèh-anèh mêngkono. Nyêmplung kêdhung msthine iya mati ta, lo, iki pêngpêngan apa ora.

Petruk : Wong sing wis kulina urip mambrah-mambrah, urip kang ora tau kêkurangan, dadi cêkake: kulina urip sênêng, kuwi nèk ujug-ujug tiba kêmlaratan, mêsthine sabanjure uripe bakal nalôngsa lan rêkasa bangêt. Yèn ing wusana banjur anganyut tuwuh, kuwi têgêse: wêdi lan awang-awangên arêp anglakoni urip kang rêkasa lan sangsara mau, iki apa ora jênêng wong kang cupêt budine. Mulane anggone anyut tuwuh sarana nyêmplung kêdhung mau, takunèkake: tindak kang asor lan nistha, sabab iki têtela wêdi urip, ya urip kang nalôngsa lan rêkasa mau.

--- 449 ---

Seje karo Suryawirawan, diunèkake wêdi urip. Kuwi karêpe: sanadyan bakal urip: susah, rêkasa, nalôngsa, lan sapêpadhane, ora andadèkake cilik lan gigriging atine, nanging arêp dilakoni kanthi sênêng, mantêp, lan kêncênging ati. Tur kathik nganggo didhasari: putih, kang atêgês: sukci.

Garèng : Wèh, nèk prakara sukci kiyi: gampang, Truk. Anggêre wulu, yaiku muni: nowètu wudu a... ènsopurt, karo kicah-kicih, ngumbah tangan, rai, sukur karo kupinge pisan, lan ngêpyok-êpyok êmbun-êmbunane kaping têlu, ngumbah tangane têkan ing sikut, ngumbah sikil, lan sapadhane, rak iya wis sukci, apamanèh yèn banjur têrus gêlêm anggantung wulu têrus-têrusan, têmtune iya banjur langganan sukci ajêgan.

Petruk : We, hla, caklatane. Bênêr, wong wudu kuwi mula jênêng sêsuci, nanging rak sêsukci ing lair, sing prêlu kuwi sêsukci batin.

Garèng : Iya, Truk, ngrêti, ngrêti aku, kanggone aku sêsuci ing batin, mula wis tak ajêgake sabên têlung sasi sapisan, malah kadhang-kadhang sok rong sasi sêpisan, yaiku yèn kadhangkala kakehan mangan rujak.

Petruk : Wayah, kuwi cara Mlayune rak: cuci pêrut aliyas: urus-urus. Mungguh sing diarani sêsukci ing batin, ya kuwi nyucèni atine. Dene wong sing sukci atine, kuwi wong sing tansah nêtêpi kuwajibane, ora melikan, ora drêngki lan sapadhane. Dadi cêkake: wong slamêt. Karêpe: wong kang tansah ngudi nyang kaslamêtan.

[Iklan]

Garèng : Ngrêti aku saikine, Truk. Wong sing tansah diudi mung kaslamêtan, mêsthine iya: lumuh padu, lumuh rêgêjêgan, lumuh golèk prakara, lumuh ngakali uwong, kosokbaline: tansah arêp têtulung, arêp gawe bêcik, arêp gawe sênêng, arêp ngayêm-ayêm marang sapêpadhaning umat. Apa iya ngono, Truk.

Petruk : Bênêr, Kang Garèng, wong sing tansah ngudi slamêt kaya sing mêntas dirêmbuk iki kiyi, mêsthine rak iya ora ana sing arêp ngaru-biru, awit karêpe ing kono wong mung arêp bêcik ajêgan, iya sing kaya ngononongono. kuwi sing pantês diunèkake wong kang adhêdhasar sukci, iya sing tumrape Suryawirawan digambar clèrèt putih mau.

Garèng : Wah, cêtha saikine aku mungguh karêpe ijo, abang lan putih kuwi mau, liya dina andharna liyane manèh kang gêgayutan karo Suryawirawan mau, sing nganti gamblang, Truk.

--- 450 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI.

Kasangsaran ing Lamongan. Ing Babat, Lamongan wontên los ingkang sampun sêpuh ambruk ngêbruki têtiyang ingkang sawêg ngaso wontên ingriku. Wontên tiyang ingkang tiwas 10, nandhang tatu 15. Ing nalika ngriku dados papriksaning pangagêng nagari, têtiyang ingkang sakit lajêng kabêkta dhatêng C.B.Z. ing Surabaya. Tiyang ingkang gadhah los wau lajêng dados papriksanipun ingkang wajib.

Dr. Tumbelaka dhatêng Garut. Ingajêng wontên wartos bilih ing griya sakit ing Garut wontên tiyang sakit dipun pisakit ing tiyang ewah ngantos dumugi ing tiwas. Ing bab punika Dr. Tumbelaka, pangagênging griya sakit tiyang ewah dhatêng papriksa dhatêng Garut.

[Grafik]

Paargyan dhauping pangantèn. Dèrèng dangu punika ing Kabupatèn Situbondo kawontênakên rêsèpsi maargyan dhauping pangantèn putra kapenakanipun ingkang Bupati R.A. Mutmainah kalihan R. Susito (kacêtha ing gambar), kathah para bupati punapadene priyagung sanèsipun ingkang sami rawuh.

Pabrik gêndhis ingkang badhe giling malih. Pabrik gêndhis gadhahanipun Cultuur Mij. Voorstenlanden benjing ing taun 1939 ngajêng punika badhe wontên ingkang giling malih, inggih punika ing Kalibong, Kaliwungu, Kadhaton Plèrèt, Padokan tuwin Sudono.

Bab tentoonstelling Sonobudoyo. Kados ingkang sampun kawartosakên, benjing sêkatèn taun punika, museum Sonobudoyo badhe ngawontênakên tentoonstelling dêdamêl. Ing bab punika saking kaparêng dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan, badhe maringi sumbangan kangge anjangkêpi barang-barang wau. Kajawi punika Tuwan Gall, tilas consul Oostenrijk ugi badhe ambiyantu. Tuwan Gall punika satunggiling bangsa Eropa ingkang misuwur rêmênipun dhatêng dêdamêl Jawi.

Asib angsal biyantu saking Muhammadiyah. Asib saking Surabaya angsal pambiyantunipun Muhammadiyah, ingkang pinanggihipun sagêd adamêl kamayaranipun Asib.

Lulus saking Nias. Lulus pandadaran saking Nias ing Surabaya, Tuwan-tuwan Umar Salèh, asli saking Bawean, R. Marsaid Susilo Sastrodiharjo, asli saking Surakarta, Sucipta, asli saking Bumiayu, Sumarno Sosroatmojo, asli saking Rambipuji.

Ukuman ingkang gunggungipun kathah. Pangadilan Landraad ing Bogor mêntas ngrampungi prakawisipun para pasakitan ingkang sami nyoyok tuwin gadhah tindak siya wontên ing bawah Bogor. Karampunganipun, pasakitan nama Lias, ingkang dados kêpalanipun, kaukum 16 taun, Asib 14 taun, Rais 12, Naim 15, Mamat 12, Nasan 10, Garun 11, Dogol 14, Gouw Eng San 11 tuwin Juman 10 taun. Ukuman sadaya wau gunggungipun wontên 125 taun.

Bom ingkang dhawah ing pamulangan. Ingajêng wontên wartos bilih satunggiling pamulangan ing Surabaya kêdhawahan bom kangge anjar-ajarajar-ajar. saking anggêgana, awarni sêmèn, andhawahi lare ngantos andadosakên ing sakitipun. Ing bab punika lajêng dados pitakènanipun warga Raad Kawula Tuwan Prawoto ing bab lênggahnglênggahing. prakawis. Ing sapunika sampun wontên katrangan saking parentah bilih dhawahing bom wau botên kajarag, namung jalaran saking mrosot, botên nutup candhela ingkang mêsthinipun dipun tutup, dados nama botên dipun jarag. Ing salajêngipun kawontênakên dhawuh supados manawi ngawontênakên ajar-ajaran botên wontên sanginggiling kitha ingkang kathah griyanipun.

Beya wêdaling padagangan mindhak 7 yuta. Miturut taksiran, ing bab indhaking beya 2 procent ingkang angèngingi barang-barang ingkang mêdal saking tanah ngriki, kintên-kintên wontên 11 yuta rupiyah. Nanging pinanggihipun malah langkung 7 yuta rupiyah malih tinimbang taksiran wau. Indhakipun ngantos samantên wau jalaran saking saening paniti tuwin jalaran saking mindhaking rêrêgèn barang.

Pamulangan luhur dhoktêr. Lulus artsexamen perangan kalih, R. Sukasah Surasaputra, artsexamen perangan kapisan M. Susanto Mangunsuponco tuwin R. Sucipto.

Babagan dhoktêr. Tuwan Kasmola Paulus, Ind. Arts dienstverbandleerling Nias. Kabantokakên ing padamêlan babagan malaria ing Jawi Wetan. Ida Bagus Rai, Ind. Arts dienstverbandleerling Nias. Surabaya, katêtêpakên wontên ing Praja, Lombok. Lulus indisch Arts examen perangan kaping kalih, Tuwan-tuwan Marsaid, Sucipto tuwin Sumarno Sosroatmojo.

Mas ing lèpèn Boyolali. Ing sacêlakipun Banyudono, Boyolali, kathah tiyang sami manggih barang mas wontên ing sapinggiripun lèpèn Pepe tuwin lèpèn Têgalganda.

--- 451 ---

Pamêlikan ing Pacitan. Ing ngajêng sampun nate kawartosakên bilih pamêlikan ingkang dipun tindakakên dening Ishihara, ing Pacitan, sanadyan dèrèng manggih wohipun, nanging tindakipun kalajêngakên. Malah bêbadan wau gadhah panyuwun malih dhatêng ingkang wajib badhe mêlik têmbaga ing bawah dhistrik Têgalamba. Nanging panyuwunipun wau dèrèng kaparêngakên.

Pêrsêkutuan Militair Molukken. Golongan militèr bangsa Molukken ing Bêtawi adamêl ada-ada badhe ngêdêgakên pakêmpalan nama Pêrsêkutuan Militair Molukken, warganipun mêndhêt saking golongan Onderofficier, kopral tuwin saradhadhu ingkang asli saking Molukken. Ancasing pakêmpalan wau kajawi ngudi kamajêngan sapanunggilanipun, ugi badhe ngêdêgakên studiefonds.

Mriksa têdha ing Ambon. Wontên wartos, awit saking kaparênging parentah, benjing wulan Sèptèmbêr ngajêng punika badhe utusan mriksa têtêdhan ingkang pinanggih umum ing Ambon. Têdha wau tumraping Ambon ingkang nama umum: sagu. Bab punika badhe kapriksa mênggah ing daya kêkiyatanipun têdha wau.

Badhe ambikak pagantosan wontên tanah sabrang. Benjing taun ngajêng punika wontên rancangan, parentah badhe ambikak pagantosan wontên ing tanah sabrang. Ingkang karumiyinakên ing Bornoe, kintên-kintên wontên nêm panggenan. Salajêngipun ing sanès-sanès panggenan.

Luchtvaart Afdeeling badhe madêg piyambak. Kawartosakên, Departement Paprangan badhe usul supados Luchtvaart Afdeeling , inggih golongan wadya nggêgana, sagêd madêg golongan piyambak.

Guwa yasan. Wontên kêpala guru pamulangan Jawi sawatawis ing Ngayogya badhe damêl guwa yasan kangge andhêlik samangsa wontên bêbaya gas. Papaning guwa wau wontên ing pakarangan pamulangan, dene ingkang ngawaki nyambutdamêl para muridipun ingriku.

Pakêmpalan bêgja. Ing Kêndal wontên pakêmpalan enggal nama Bêgja, ingkang dipun adani dening para Walandi ingkang ulah têtanèn. Rancanganipun badhe nindakakên caraning sade tinumbas rumiyin.

Gunggunging murid pamulangan dhusun ing Bogor. Miturut pêpetangan saking Regentschap ing Bogor, cacahing murid pamulangan dhusun ing laladan ngriku wontên 19.045, cacah samantên wau ingkang pinanggih ing taun pangajaran 1938.

Congres Pêrsatuan Arab Indonesia. Ing taun punika Pêrsatuan Arab Indonesia badhe ngawontênakên congres manggèn ing Sêmarang, dhawah wontên ing tanggal 14 dumugi 18 April punika.

Arta kas dhusun Boyolali. Tumrap bawah Kabupatèn Boyolali kasipun dhusun anggadhahi arta kathahipun ing taun 1937 f 243.978.03. Arta samantên wau sumimpên wontên ing Algemeene Spaarfonds ing Surakarta. Ing taun 1937 tampi sarêman f 1572.-.

Prabeya sêrat kabar. Miturut wara-wara saking Pakaryan Post, tumrap ariwarti ingkang sabên wulanipun ngêdalakên waragad pangintun langkung saking f 25.-, sagêd lêngganan dhatêng kantor post kanthi ambayar kantun. Kajawi punika taksih angsal sudan 25%.

NAGARI WALANDI.

Tilas Nata Jerman botên gêrah. Miturut wartos ingkang sumêbar, tilas Panjênêngan Nata Jerman ingkang lêrêm wontên ing Doorn, gêrah. Mênggah nyatanipun botên punapa-punapa, namung salêbêting hawanipun awon, botên nate miyos, dene ing sapunika sampun miyos malih kados padatan, lêlangên wontên ing pakêbonan sapanunggilanipun.

[Iklan]

Tilas Directeur Departement Têtanèn seda. Miturut wartos saking Den Haag, Dr. H.J. Lovink, tilas Directeur Departement Têtanèn ing tanah ngriki seda, yuswa 72 taun.

Ambiyantu dhatêng Roode Kruis Tiongkok. Comite ingkang badhe suka pitulungan dhatêng Tiongkok ing Den Haag sagêd nglêmpakakên arta kathahipun f 10.000,-. Arta samantên wau lajêng katumbasakên pirantos mitulungi têtiyang sakit warni-warni saha lajêng kakintunakên dhatêng tilas wêwakil nagari Walandi ingkang wontên ing Hongkong.

EROPA.

Wêwakil nagari Jerman ing Ankara. Parentah Jerman gadhah panêdha dhatêng Parentah Turki, supados nayogyani pangangkatipun Von Papen, tilas wêwakil Jerman ing Weenen, dados wêwakil Jerman wontên ing Ankara, minangka gêgêntosipun Keller ingkang sampun pensiun. Ing sapunika parentah Turki sampun nayogyani.

Ngawisi tiyang damêl arak-arakan. Miturut wartos parentah ing Tsjecho Slowakije ngawisi tiyang ingkang damêl arak-arakan, mindhak pinanggih botên prayogi.

ASIA.

Rêrêgèn barang mindhak sangêt. Miturut wartos saking Tokio jalaran saking indhaking pajêg, sawarnining rêrêgèn barang-barang ing toko-toko sami kaindhakakên 10 dumugi 15%.

Wadya Jêpan ingkang tiwas wontên paprangan. Miturut wartos, wadya Tionghwa ingkang nêmpuh ing Shantung Kidul, sagêd adamêl tiwasing wadya Jêpan 10.000.

Olympiade. Miturut wartos saking Tokio, bab badhe wontêning Olympiade katêtêpakên wontên ing tanggal 21 Sèptèmbêr dumugi 6 October 1940. ingkang dados Olympiade Comite Prins Tokugawa, sampun kintun sêrat dhatêng nagari-nagari sanès 61 nagari.

--- 452 ---

Wêwaosan

IV Lêlampahanipun Sêtayor lan Dèwi Wasilisah.

65

Nanging Wasilya lajêng munjuk makatên: Dhuh, sang prabu, kawula botên kapengin anggadhahi kitha Kiyèph. Ingkang kawula suwun botên sanès kajawi namung putra kapenakan nata, inggih punika Dèwi Sabawa.

Samangke sang prabu botên anaros malih dhatêng Dèwi Sabawa, ngêmungakên lajêng dhawuh tata-tata ngawontênakên pahargyan andhaupakên sang putri kalihan utusanipun Prabu Kaliyên. Sasampunipun pahargyan wau laminipun kalih dintên, ing tigang dintênipun para pangagênging agami sami dipun kêmpalakên ing salêbêtipun kadhaton, prêlu kadhawuhan ngijabakên pangantèn. Nanging dumadakan ing kala punika badhe pangantèn jalêr katingal sêmu prihatos, amila sang prabu lajêng andangu makatên:

He, Wasilya, genea sira têka sajak nandhang susah.

Badhe pangantèn jalêr umatur:

Dhuh, gusti pêpundhèn kawula, kawula botên sagêd matur mênggah sabab-sababipun, nanging ujuk-ujuk raosing manah kawula têka mêlang-mêlang kadosdene tiyang nilar bayi wontên ing sapinggiripun sumur. Minôngka kangge panglêlipur manah kawula punika, dhuh gusti, punapa ing golonganing abdi paduka botên wontên salah satunggiling wiraswara, ingkang sagêd angrumpaka ing bab kêkêndêlan tuwin kaprawiranipun satriya ing jaman kina-kina.

Prabu Wladhimir lajêng dhawuh nimbali para wiraswara, ingkang sami misuwur saening swaranipun, tuwin ingkang wasis angrumpaka tuwin panabuhipun calêmpung. Nanging sadaya wau botên wontên satunggal ingkang sagêd adamêl lêjaring manahipun tiyang ingkang ngemba utusanipun Prabu Kaliyên saha ingkang ngakên nama Wasilya wau. Ing wusana Wasilya lajêng matur dhatêng sang prabu makatên:

Dhuh, sang prabu, mugi sampun pisan andadosakên panggalih paduka, dene para abdi paduka wiraswara botên wontên satunggal-satunggala ingkang sagêd ngicali ingkang dados pêpêtênging makah kawula punika. Miturut pawartos ingkang kawula mirêngi, ing ngriki wontên tiyang nama: Sêtayor asli saking Cèrnigop, ingkang mênggahing kasagêdanipun angrumpaka tuwin nabuh clêmpung saindênging bawana tanpa wontên ingkang nyamèni. Mugi wontêna kaparêng nata andhawuhi tiyang wau ngatingalakên kasagêdanipun wontên ing pasamuwan ngriki.

Mirêng aturipun Wasilya ingkang makatên wau, sang prabu lajêng dhawuh dhatêng salah satunggiling abdi, supados sanalika punika ngluwarana Sêtayor saking gêdhong pêtêng, sarta tumuntêna kairid wontên ing ngarsanipun sang prabu. Dhawuhipun sang prabu wau lajêng enggal-enggal dipun pituruti, lan botên watawis dangu malih Sêtayor kairid lumêbêd ing bangsal ngriku saha kapapanakên ing papan palinggihanipun para wiraswara. Ing sarèhning Sêtayor wau sampun watawis dangu wontên ing salêbêtipun gêdhong pêtêng, sarêng wontên ing pêpadhang ing sakawit mripatipun inggih lajêng kriyip-kriyip jalaran saking sulap, nanging botên watawis dangu inggih lajêng kulina kados ing suwau-waunipun malih. Salajêngipun Sêtayor nuntên nyandhak calêmpung agêng ingkang kaulungakên dening salah satunggiling abdi, saha lajêng sanalika miwiti anggrambyang calêmpung wau. Lan botên watawis dangu malih ing salêbêtipun bangsal ngriku kamirêngan suwara ingkang êmpuk sarta mêlung-mêlung ingkang adamêl gambiraning para tamu ingkang sami mirêngakên. Dene têtêmbanganipun ingkang dipun rumpaka prakawis kitha Kiyèph, ingkang kacariyosakên sae-saening kitha ing saindênging nagari Kristên, bab kawontênanipun kitha Cèrnigop, kitha dagang ingkang sugih, inggih punika papan padununganipun ingkang èstri piyambak, ingkang kacariyosakên dumuginipun samangke tansah angêntosi wangsulipun ingkang jalêr, inggih awakipun piyambak wau. Salajêngipun nuntên angrumpaka ing bab kawontênanipun kitha karajaning nata ingkang dumunung wontên ing kikisipun samodra cêmêng, saha nyariyosakên kawontênan ingkang èdi-èdi lan anèh-anèh ingkang pinangih wontên ing môncanagara.

Para pangeran tuwin mantri bupati sami mirêngakên kanthi wigatos, saha sami gumun dhatêng suwaranipun neneman ingkang langkung nêngsêmakên punika. Dalasan para prajurit kemawon ingkang kulina wontên ing paprangan inggih kanthi sênêng mirêngakên têtêmbanganipun wiraswara enggal punika, malah umumipun sami gumun dhatêng suwaranipun ingkang êmpuk lan sakeca wau.

Nanging tiyang ingkang ngemba utusanipun Prabu Kaliyên, rumaos sakalangkung katarik manahipun dening suwara, punapadene rêrumpakanipun Sêtayor wau. Amila sarêng sampun rampung, Wasilya ujug-ujug lajêng mênyat saking palinggihanipun, murugi Prabu Wladhimir, saha lajêng umatarumatur. makatên:

Dhuh, sang prabu. Salaminipun gêsang kawula dèrèng nate mirêng suwara ingkang makatên punika, salajêngipun kawula botên nêdya melik bulubêkti paduka, saha kawula nêdya anyandèkakên panyuwunan kawula, dhatêng putra kapenakan nata Dèwi Sabawa, manawi paduka krêsa amaringakên tiyang punika dhatêng kawula. Badhe kasambêtan.

--- 57 ---

No. 15, 10 April, Taun IX

TAMAN BOCAH

INGKANG NGÊMBANI: BU MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CENTRUM. RÊGANE SATAUN f 1.50 KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK. LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.

MANGSULI LAYANG.

S. Saring p/a Toko Westerling, Magêlang. Layangmu isi karangan wis daktampa, ora liya bangêt panarimaku, dakpikir-pikire dhisik, kêpacak utawa orane.

Katiyah c/o Sudarsa, Badran, Solo. Pitêpunganmu wis daktampa kanthi bungah. Sokur dene kowe arêp milu lêlumban ing Taman Bocah.

Sukardanu, Leerling 7e kl. H.I.S. Trênggalèk. Kirimanmu lêlucon wis kêtampan, nanging aja pisan dadi atimu ya, ora bisa kapacak. Coba ngirimana karangan liyane kayata dêdongengan, dolanan kang luwih apik.

Amin p/a Yunus, Poncol No. 23, Sêmarang. Pêrkara kowe isih dikirimi, kuwi dudu tanggunganku. Yèn kowe arêp pitakon bab iki, bêcik nglayangana Administratie. Yèn Bu Mar ora kapasrahan bab pangirime T.B., dadi ora wêruh bab iku mau.

S. Ekasêdiyawati, G. Sêpanjang. Aku wis tampa layangmu pitêpungan lan nandhakake kêsênênganmu maca isining T.B. Mula eman bangêt, dene kowe lagi ngêrti saiki, dadi kokira, Bu Mar kuwi mung apus-apusan bae, we la kojur! Kapan kowe ngirimi layang manèh nyang Bu Mar milu nguruni isèn-isèn ing T.B.

M. Satriyani, Blitar. Karcismu wis daktampa, nanging karangan-karangan durung. Pancène adrèsmu wis arêp dakkirimake nyang Sri Sasanti, nanging barêng kowe nyêthakake manawa aja kêpacak ing T.B., mula ya ora sida, dadi mung njaluk adrèse Sri Sasanti. Ach kok ana-ana bae, kowe kuwi.

Prapta, Blitar. Aku wis tampa pitêpunganmu, bangêt panarimaku. Kowe ora susah wêdi-wêdi milu urun-urun ngisèni T.B. Ora mung kowe bae sing wêton saka pamulangan Vervolgschool, akèh kancamu. Sing ngisèni T.B. kuwi ora dakpilih wêton pamulangan dhuwur. Sapa sing gêlêm milu urun ya kêna, mêngko kari milihi, sing kira-kira pantês kapacak. Sanajana saka pamulangan Mulo pisan, yèn karangane ora apik ya ora kapacak, saka pamulangan Vervolgschool, yèn apik, ya kapacak. Dadi kowe yan coba-coba milua urun dongèng utawa liyane.

Sri Sasanti, Surakarta. Aku njaluk adrèsmu sing cêtha. Awit M. Satriyani arêp kirim layang nyang kowe.

Sutikna, Blitar. Aku bungah tampa layang pitêpungan saka kowe lan kowe gêlêm mblakakake panêmumu bab karangane Uncla Sum. Pancèn wiwit Sêtu buri wis ora dakpacak maneh, jalaran ana ugi sing ngirimi layang kaya kowe kuwi, ora ngêrti lan sapanunggalane. Yèn kowe arêp milu urun ngisèni T.B. iya prayoga, coba-coba, idhêp-idhêp kanggo sinau, ora susah wêdi-wêdi, nanging poma aja tansah nyritakake awake dhewe, mundhak sing maca gêla, bosên.

Waijah, Sêmplon, Magêlang. Yèn kowe arêp tuku buku "Widoerileergang", iya mung ngirimi dhuwit nyang Bale Pustaka f 0,80, dnnedene. sing maragadi Bale Pustaka dhewe.

Musthikowati, Subah. Bangêt panarimaku kowe ngabari Bu Mar, yèn Sri Sadiyah kasripahan ibu lan kangmase. Upama kowe ora ngabari, aku ya durung krungu, jalaran Sri Sadiyah dhewe durung kobêr ngirimi layang nyang aku. Wah kok mêsakake têmên, ya!

Parikêsitty, Blitar. Bangêt bungahku, dene kowe mêrlokake ngirimi layang pitêpungan nyang Bu Mar. Nanging aja pisan dadi atimu, karanganmu ora bisa kapacak, nyoba gawea liyane sing luwih apik, ibumu tansah ngarêp-arêp layangmu manèh.

Kadarwatri, Magêlang. Sarèhne saiki aku lagi kêbanjiran têmbang-têmbang, mula kirimanmu daksimpên, gêntenan papan.

Mochamad Madiyana, Têmanggung. Kowe mangkono uga, sarèhne Bu Mar lagi kêbanjiran rêrêpèn, kirimanmu daksimpên dhisik, besuk gêntenan papan.

End. Rêsminingsih. Yèn kowe arêp njaluk katrangan bab pambayar lan nomêr-nomêr, bêcike ngirimana layang nyang Administratie. Sokur dene kowe arêp milu urun-urun ngisèni T.B. Yèn ngirimi karangan cêndhak nganggo postblad ya cukup, dene yèn dawa nganggo franco f 0,10, ditulis "Document", lan aja ditutup (dilim).

Layang liya-liyane bakal dakwangsuli Sêtu ngarêp.

Bu Mar.

--- 58 ---

JOGÈD TAYUB BOCAH LANANG.

[Grafik]

Ing dhuwur iki bocah-bocah saka "Paguyuban Bêksa Anak-anak" lagi padha mitongtonake jogèd tayub. Ing Salatiga ketoke bocah-bocah padha ngajokake bangêt nyang kagunan Jawa. Malah wiwit sasi Februari bocah-bocah P.B.A. padha sinau wirèng.

Saka kiwa 1 Ciep Sing Tan Giok Ien, 2. Wiyoso Sukahar, 3. Sudarmaji Mangunatmaji, 4. Kismoyo Kismadi.

KATRÊSNANING SÊDULUR.

Ana sawijining wangwong. Turki kang dadi batur tukon. Dhèwèke srêgêp bangêt. Lêt sawatara taun dhèwèke bisa nglumpukake dhuwit f 500,-, banjur sowan bêndarane, dhuwit mau dicaosake pêrlu kanggo nêbus kakangne kang uga dadi batur tukon ing kono.

Bêndarane takon: "Geneya kok ora koênggo nêbus awakmu dhewe?".

Wangsulane: "Kakang kula punika tiyang botên gadhah kasagêdan, punapadene botên badhe sagêd kêklêmpak arta ngantos sagêd nêbus awakipun piyambak. Sarêng kula, manawi nyambutdamêl, sawatawis taun malih, mêsthi sagêd ngêmpalakên arta kangge nêbus badan kula piyambak.

Barêng bêndarane krungu kang mêngkono mau ing batin ngalêm bangêt marang katrêsnane wong mau, marang sêdulure. Wong loro mau banjur dimardikakake kabèh.

Froggie, Purbolinggo.

GUNUNG KÊLUT.

Nalika taun 1919 gunung kêlut njêblug, ngêtokake lahar, nganti gawe karusakan akèh bangêt. Tumêkane saiki gunung mau isih kumêlun mêtu kukuse kayadene Mêrapi. Mirid dongèng babad, panjêbluge gunung Kêlut mau wis dipêsthèkake, sabên 4 taun, dene mulabukane mangkene:

Sang Nata Brawijaya kagungan putra putri, asma Dèwi Sêkar Kêdhaton. Wis akèh putra liya nêgara lan satriya-satriya kang nglamar, nanging durung ana kang kêtampan. Pawarta mau kêprungu dening Prabu Maesasura, ratu sêkti binathara ing Blambangan. Sang nata banjur tindak ngêbun-êbun esuk, ngudan-udan sore.§ Têtêmbungan iki karêpe wangsalan. | Êbun esuk iku jênênge: awun-awun. | Udan sore iku jênênge: rêrabi. | Dene karêpe: Ngêbun-êbun esuk, ngudan-udan sore, iku: Nyuwun rabi. Red. Satêkane ing Mojopait banjur sowan Prabu Brawijaya, ananging sarèhne Nata Majapait wêdi marang kasêktène Maesasura, dadi ora wani nampik, banjur nganakake sayêmbara. Yèn sajrone têlung dina bisa ndhudhuk sumur ana pucake gunung Kêlut, nganti mêtu banyune, Maesasura iya bakal kaganjar Dèwi Sêkar Kêdhaton.

Ratu Blambangan wiwit nyambutgawe, ndhudhuk sumur. Wis rong dina suwene, durung mêtu-mêtu banyune, mangka wis jêro bangêt. Sang nata tansah kuwatir, yèn nganti têlung dina ora mêtu tuke mêsthi nêmahi pati, katigas janggane. Dina kang ping têlune mêksa durung mêtu banyune. Prabu Brawijaya mriksani saka ing pucak didhèrèkake abdi pirang-pirang. Ing galih rada kuwatir, yèn nganti bisa mêtu banyune, putrane mêsthi digarwa Maesasura, ing mangka Prabu Brawijaya gêthing marang Ratu Blambangan, lah wong sirahe, êndhas kêbo, dadi ora rupa manungsa, asungu barang, ananging kasêktène angungkul-ungkuli. Saka ing pucak sing ketok mung bolongan jêro bangêt, pêtêng ndhêdhêt, sing kêprungu mung ambêgane Prabu Maesasura. Dumadakan Prabu Brawijaya mirêng surake Maesasura, alok yèn krungu banyu têka.

Prabu Brawijaya ajrih ing galih, abdi-abdi banjur didhawuhi ngurugi sumur gunung Kêlut nganggo watu sakiwa-têngêne. Maesasura kurugan watu ora bisa uwal, mati ana ing sajroning sumur. Ora lêt suwe Prabu Brawijaya mirêng swara:

E, Brawijaya, ratu ala, rasakna piwalêsku. Anakmu Sêkar Kêdhaton ora olèh takgarwa, lah kok matèni Ratu Blambangan. Sabên patang taun sapisan aku ngêtokake lahar, gêni, watu, nagaramu Mojopait bakal tumpês, saka panjêbluge gunung Kêlut.

Sis Ngayogya.

--- 59 ---

MULA BUKANE ANA JÊNÊNG GÊDHANG KLUTHUK.

Dhèk jaman kuna, mbarêngi karo adêge candhi Prambanan, ing tanah Jawa kene isih akèh alase kang gêdhe-gêdhe.

Setan Roban, dhêmit pri prayangan, dhanyang pênyenyengan lan widadari ya isih akèh.

Ing sawijining alas kang gêdhe-gêdhe iku mau, ana alas siji kang sinêngkêr ing para widadari. Dene prênah panggonane ing tanah Jawa Têngah, yaiku kang diarani alas gêdhang. Mulane diarani alas gêdhang, jalaran ing kono akèh wite gêdhang. Gêdhange gêdhe-gêdhe tur lêgi-lêgi lan gandane arum. Sapa wonge sing mangan mêsthi tuman takon tunggale, lagi wêruh rupane bae, kalamênjinge wis baris, munggah-mudhun, songkolan, nandhakake yèn kêpingin. Ing alas gêdhang iki mau, uga akèh munyuke. Barêng para widadari ngêrti yèn gêdhange sok dicolongi si munyuk, banjur padha digusahi dikon lunga saka alas gêdhang mênyang alas liyane, awit para widadari padha sumêlang, manawa ora kumanan wohe gêdhang kang sinêngkêr mau.

Kocapa munyuk-munyuk barêng digusah banjur padha pating blulung glarahan, ngulandara padha golèk alas kang kirane kêna diênggoni sasuwene ana ingalam donya. Ora suwe banjur nêmu alas cilik, padunungane ora pati adoh saka alas gêdhang mau. Nanging wowohan mèh ora ana, mulane ditêba sasasi bae wis êntèk, banjur pating blulung ngupaya pangan, nanging ora ana siji-sijia kang olèh woh gêdhang. Paribasane: lunga ngetan bali ngulon, tiwas edan ora klakon. Ing sawijining dina panganjure munyuk-munyuk mau nglumpukake kancane kabèh gêdhe cilik nom tuwa lanang wadon. Pênganjur munyuk banjur nyaritakake wiwit mêtune saka alas gêdhang nganti saiki sarta anggone kêlara-lara.

Dumadakan banjur takon marang kanca-kancane: "Kapriye kanca-kanca, karêpmu saiki, ing kene wis ora ana gêdhang ora ana pangan, kowe kabèh mêsthi padha mati kalirên. Aku saiki nekat yèn padha gêlêm lan cocog êndang lakonana, yaiku padha ngrampungi widadari, kabèh ditumpês aja ana kang kari siji-sijia. Kêbangêtên nggone siya-siya, ora ngêrti sapadha-padhaning tumitah, dumèh kinacèk karo sapadha-padhaning titahing Pangeran."

Ana munyuk tuwa nyêlani: "Mêngko ta mêngko, aja guru-guru ngumbar hawa nêpsu. Wis jamak lumrahe yèn awake dhewe siningkang-singkang mring pra widadari, sabab padha dene golèk gêdhene wêtêng, mangka awake dhewe dhasar kalah, arêpa muni-muni wani kae ya kalah. Mula saka pamrayogaku mêngkene bae, ayo saiki padha golèk klênthêng sing akèh, mêngko bêngi yèn widadari wis padha turu, padha digrumut, gêdhange padha diisèni klênthêng. Yèn widadari mangan, banjur nanggori klênthênge rak nuli dilêpèh, awit ora doyan." Para munyuk kabèh padha mupakat.

Wayahe srêngenge surup, kêthèk-kêthèk wis padha nglumpuk kabèh. Ing têngah wêngi padha mangkat. Barêng wis têkan ing alas gêdhang, banjur tumandang kabèh, gêdhang padha diisèni klênthêng ora ana kang kliwatan. Sawise rampung nuli padha mulih.

Kocapa sawiji dina gêdhange ana sing matêng, para widadari gugup ênggone arêp mangan, nanging... nanging... barêng mangan kêmluthuk akèh isine, mangka maune tanpa ana isine siji-sijia, padha ora doyan, banjur padha ngalih saka alas gêdhang kono mênyang alas liyane kang prayoga diênggoni para widadari kabèh. Barêng kêthèk-kêthèk krungu lan ngêrti yèn para widadari wis padha lunga, banjur padha ngalih mênyang alas gêdhang manèh.

Têkan ing kono rêbutan nggone arêp mangan, awit wis suwe ora wêruh rasane gêdhang. Swarane patin gklêthuk mbrêbêgi kuping, banjur diarani "gêdhang kluthuk," nganti saprene.

Handoyo, Paninggaran.

NGARAHAPA.

I. Hèh pra mitra piyarsakna / Lamun sira sayêkti amarsudi / Nggayuh geyonganing kayun / Kayungyun dadya tama / Dèn tabêri nastiti lawan tuwajuh / Aywa sira Ngarahapa / Supadya tulus utami.

II. Sêdyakna dèn kongsi bisa / Kalakone nggonira amarsudi / Ywa pisan-pisan sirèku / Kêcandhak ing lêlara / Ngarahapa sayêkti pênyakit ampuh / Tumrap mring kang puruita / Hingkang nambut-karya ugi.

III. Tumrap mring kang puruita / Ngarahapa wis njalari kèri / Sabarang wulanging guru / Wêkasan datan bisa / Nyêmbadani kudanganing tiyang sêpuh / Putra kinèn puruita / Supadya dadya utami.

IV. Dene lamun nambutkarya / Aja pisan sirèku darbe pikir / Ngarahapa dadi racun / Kathah tuladhanira / Dèn pracaya nyêkêl arta karyanipun / Ngarahapa ngangge arta / Dadi buroning pulisi.

Sri Palupi, Solo.

--- 60 ---

ANANE DÊGAN DADI DULANG BAYI.

Ing jaman biyèn ana sawijining satriya putra ratu ing Jênênggala jêjuluk Radèn Sêputra kagungan garwa endah ing warna kêkasih Dèwi Limaran.

Kacarita Dèwi Limaran wus anggarbini ênèm sarta sakarone tansah sih-sinihan. Ing sawijining dina sang putri katarik anggone anggarbini mau, kêpenging bangêt kagungan dolanan kidang kêncana. Radèn Sêputra bangêt prihatos anggalih panyuwune sang putri. Upama ora dituruti mêmêlas amarga sang putri tansah ngêmbêng waspa, ananging upama anurutana gèk ingêndi panggonane kidang kêncana. Pêpuntone Radèn Sêputra nekad karsa lolos saka kasatriyan. Sang putri priksa karêntêging pênggalihe Radèn Sêputra. Barêng Radèn Sêputra miyos ing wayah wêngi sang putri nututi sapurug-purug.

Satêngahing alas tarataban, Radèn Sêputra kraos sayah, nuli lèrèh ing sangisore wit gurda. Ing kono priksa saklebatan playune kidang mawa cahya. Mungguh panggalihe Radèn Sêputra mangkene: "E, ladalah, bokmanawa iki kang dadi idham-idhamane garwaku. Kidang aja kagèt, ya sanajan mlayua mênyang Suralaya aku bakal nututi lakumu, êntènana aku!" Barêng Radèn Sêputra mênyat saka palênggahan nêdya nututi lakune kidang mau, kêsaru panjêrite sang putri saka buri: "Dhuh, kakangmas, kula botên sagêd kantun." Radèn Sêputra kagèt mirêng panjêlihe sang putri, nuli ngraos sarirane kaya dilolosi, sêpisan anggalih wêlas marang kang garwa, kapindhone ngrumaosi bakal koncatan lacaking kidang kêncana.

Pangandikane Radèn Sêputra: "O, yayi mêmêlas bangêt dene kowe kêraya-raya milu nusup-nusup ing alas kene. Aku ora nêdya ngoncati kowe, bakal nggolèki kang dadi pamundhutmu, yayi. Wus mênênga dakkira ora bakal suwe kidang kêncana ana ing astamu. Dhèk mau aku wêruh kumlebat ana ing ngarêpku, arêp dakburu kêsaru panjêritmu."

O, inggih kangmas, manawi makatên mangga sami dipun padosi tiyang kalih.

Radèn Sêputra bêbarêngan karo Dèwi Limaran nuli nusup-nusup ing alas kono, barêng wus rada sayah, karo-karone padha ngawuningani kumlebating kidang kêncana rêrikatan. Radèn Sêputra enggal-enggal arêp nututi kidang mau, nanging ora bisa, amarga sang dèwi ora bisa lumayu rêrikatan. Wusana kidang ilang manèh, lumêbu ing sajroning grumbul. Radèn Sêputra kakên pênggalihe.

Dèwi Limaran arêp ditinggal ora kêrsa sarta uga nguwatiri upama pisah karo panjênêngane, ananging upama ora pêpisahan mêsthi langka bisane nyêkêl kidang kang luwih dening kêsit mau, têmahan karo-karone padha tansah tangis-tangisan. Adrênge Dèwi Limaran bisane entuk kidang mau nganti prasêtya aluwung seda katimbang ora bisa katurutan kêrsane. Anglês raosing panggalihe Radèn Sêputra dene durung ana wêwêngan saka Ingkang Murbèng Dumadi kapriye mungguh bisane kasêmbadan apa kang dadi karsane garwane. Sakarone wus padha sayah amarga têlung dina ora padha dhahar, mangkono uga tansah ora bisa sare amarga saka kèhing buron galak kang tansah saliwêran ana ing sacêdhake kono. Sajatine sakabèhing buron galak mau, kabèh babar pisan ora padha duwe krêntêg arêp munasika gêdhene mangsa marang raja putra sakarone, malah mungguh tataha padha manêmbrama marang Radèn Sêputra sakalihan, têmbunge: "Dhuh, radèn têka mêmêlasarsa kawontênan paduka kalihan wontên ing padunungan amba ngriki. Punapa ta ingkang dipun karsakakên, mugi karsa dhawuh dhumatêng pun abdi, mangke pun abdi ingkang sagah anyêkapi punapa ingkang dados pamundhut panjênêngan." Iku ature si macan gembong karo anggêro sêsêngoran agawe mrindinge githok. Mangkono uga patrape macan utawa kewan galak liyane pating glêrêng agawe judhêging panggalihe Radèn Sêputra.

Dene para ibêr-ibêran sapanunggalane ana sing gawe kumpulan kayadene "muziekvereeniging" kayadene bocah-bocah yèn pinuju kumpul padha anggawa suling, gitar, mondharmonica lan sapanunggalane banjur padha diunèkake, sanadyan wêtune swara rada ora kêpenak, nanging mungguh kanggo kupinge kang nglakoni ya wus rumasa pating cruwit agawe lilihe Radèn Sêputra sêkalihan, nadyan ora ngrêtos kêkarêpane manuk-manuk mau, tinimbang mirêng panggêmbore macan aluwung mirêngake swarane manuk-manuk mau. Si Kukukbêluk uga ngaturi hurmat, panggraitane: "Mêsthi-mêsthine wong bagus iki bangêt ngêlihe. Upama dakkirim panganan saiba bungahe." Sanalika iku dhèwèke mumbul ing awang-awang milang-miling mangisor. Kabênêran wêruh ana ula kayu pinuju mangsa kodhok. Wah bêgja kêmayangan manawa ula disaut, kodhok mêsthi katut.

Ula kanggo wong bagus, kodhok kanggo wong ayu. Sawuse ula kêna digondhol kokokbêluk, banjur diruntuhake ing ngarsane Radèn Sêputra sêkalihan, têmbunge si kokokbêluk mungguh tataa: "Mangga Radèn, suwawi kadhahar luwung kagêm sarat ngêlih." Dene wêtune swara ya mung "gug gug bêlug" bae. Radèn Sêputra sarta ingkang garwa kamigilên mriksani kaanan kang kaya mangkono mau. Ana candhake.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Babad Giyanti.

[Sudah diketik pada Kajawèn ôngka 61, 31 Juli 1937]

--- [453] ---

Ôngka 30, Rê, Pn, 12 Sapar, Jimawal 1869, 13 April 1938, Taun XIII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan... f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Kêdhaton - Bêksa Badhaya Srimpi - Wilujêngan ing Patênggêran - Kawontênan ing Tiongkok - Gupêrnur Jendral Ostraliyah Lord Gowrie - Up Amtênar Bale Pustaka wangsul saking pêrlop - Bab Suryawirawan - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.

Kêdhaton

[Grafik]

Gêdhong Kêdhaton Sultan Siyak Indrapura. Sumatra Wetan.

--- 454 ---

Kagunan Jawi

Bêksa Badhaya Srimpi

Kaendahan bêksaning Badhaya Srimpi ing kraton Surakarta punika saking pangandikanipun para luhur sêpuh ingkang kula mirêngi kados ing ngandhap punika:

Nalika jumênêng dalêm ingkang Sinuhun Pakubuwana kaping III ing Surakarta, kagungan badhaya alit nama Bok Lara Bêruk, lare wau sarêng sampun mèh diwasa, jogèdipun sae sangêt, sarèhning ingkang sinuhun punika inggih putus dhatêng karawitaning gêndhing kalihan bab bêksa sapanunggilanipun, tur inggih sagêd ngasta tabuhan ingkang perangan ngajêng ingkang dados panutan panabuhing balunganing gêndhing, inggih punika bonang agêng, mila sabên nuju badhayan, ingkang kêrêp karsa ngasta bonang agêng, saking kasêngsêmipun dhatêng panjogèdipun Bok Lara Bêruk, salêbêtipun ngasta bonang tansah mriksani sasolah-bawanipun Bok Lara Bêruk, malah manawi ungêling gôngsa nuju kasirêp (ingkang bonang dêmung saronipun botên katabuh) asta dalêm kalih pisan tamtu ajêg kangge nyanggi wadana dalêm, lan sikut dalêm kalih pisan sami têmumpang plangkaning bonang, saking kêrêpipun, plangkan bonang wau ngantos tabêt tatu sikut dalêm kalih pisan, salêbêtipun gôngsa kasirêp, paningal dalêm mèh tanpa kêjèp anggènipun mriksani panjogèdipun Bok Lara Bêruk, mila sanalika punika pangraos dalêm namung cêngêng kêjêng kados sumlêngêrên, saking kèrêmipun dhatêng panjogèdipun Bok Lara Bêruk wau, prasasat sadaya gumêlaring jagad sami sirna sanalika, ingkang wontên namung kaendahan adi luhunging panjogèdipun Bok Lara Bêruk. Saking kaprananing panggalih dalêm dhatêng Bok Lara Bêruk, botên dangu Bok Lara Bêruk lajêng sinêngkakakên ing ngaluhur kainggahakên dados pramèswari dalêm, asma Gusti Kangjêng Ratu Kancana, ngantos pêputra gangsal, inggih punika 1. Ingkang Sinuhun kaping sakawan, 2. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkubumi, 3. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Buminata, 4. Kangjêng Ratu Purbanagara (kamantu Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara 1 ing Surakarta), 5. LustiGusti. Kangjêng Ratu Kudus.

Sanadyan Gusti Kangjêng Ratu Kancana wau sampun lungse, taksih tansah mawi ampilan sampur, (sondhèr), mila manawi nuju badhayan, kêrêp kadhawuhan bêksa dening ingkang sinuhun, dhawuh dalêm ajêg makatên: dhenok aku kangên jogèdmu, kowe anjogèda ya nok, tak bonangi. Atur wangsulanipun Gusti Kangjêng Ratu inggih ajêg makatên: ah Kangjêng Sinuhun ki wong wis tuwa kok pijêr dikakke jogèd wae. Ngandika makatên punika kalihan jumênêng mundhut sampur lajêng badhe bêksa, ingkang sinuhun gumujêng lajêng tindak ngasta bonang.

Dados miturut katrangan ing nginggil punika, sampun têrang manawi jogèd alus wau botên sagêd katampi kalihan raos berag gambiraning manah, sabab saking alusing solah-bawa lan wilêtding lêlêmêsan, punapadene kajatmikan wingiting polatan gathukipun kalihan lagunaning gêndhing ingkang lumampah anglêr, [a...]

--- 455 ---

[...nglêr,] lajêng mujudakên sipat lan pamirêngan ingkang nglangut ngantos pêplês amblês dhatêng kandhasing raosipun ingkang sagêd nampi, têmah sami lam-lamên sêngsêm dhatêng kanyênyêtaning karawitan.

Kagungan dalêm gôngsa ingkang ajêg kagêm badhayan punika nama Kyai Kancil Bêlik Guntur Madu, gôngsa wau laras lan cêngklingipun sae sangêt, malah dumugi jaman sapunika dèrèng wontên ingkang ngungkuli saenipun, dados plangkan bonang ingkang tabêt sikut dalêm wau namung Kyai KancikKancil. Bêlik Guntur Madu. Nanging plangkan wau pamirêng kula sampun dipun sanggarakên.

Ungêl-ungêlaning pasindhèn badhayan (geronganipun) punika mirid ikêt lan lêlewaning basa, ingkang kathah sajak damêlanipun suwargi Kyai Radèn Ngabèi Yasadipura sapisan kalihan kaping kalih.

[Iklan]

Jumênêng dalêm ingkang sinuhun kaping tiga punika kenging dipun wastani wiwit mêgaring kagunan karawitaning gêndhèng (ulah lêlagon ingkang katindakakên ing lesan) gêndhing kalihan jogèd sapanunggilanipun, awit kajawi nyarêngi wiwit têntrêming jaman, panjênêngan dalêm nata dalah para putra santana mratah kathah ingkang sagêd dhatêng karawitaning gêndhing gêndhèng sapanunggilanipun. Kados ta: Ingkang Sinuhun kaping sakawan punika kajawi kados rama dalêm, ugi sagêd andhalang ngasta ringgit sadalu muput, tur sae pandhalangipun, salêbêtipun jumênêng anggènipun ngasta ringgit (andhalang) botên kirang kaping kalih atusan, makatên ugi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Buminata punika saking sampurnanipun dhatêng karawitan, lan sae sangêt pandhalangipun, mila lajêng kasampiran dados pangagênging langên praja ngantos dumugi jamanipun jumênêng dalêm Ingkang Sinuhun kaping V. Inggih nalika Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Buminata dados pangagênging lêlangên praja punika ingkang lajêng ngwotênakên tatanan watoning bab gêndhing sapathêtipun ingkang tumrap ringgitan utawi klênengan, nguyu-uyu sapanunggilanipun, dalah lêlagoning pathêt ada-ada (grêgêt saut) sêndhon lan sanès-sanèsipun, punapadene bab jogèd, inggih kathah ingkang tuwuh nalika jaman punika, kados ta jogèd Lawung Agêng, Lawung Alit, Panji Sêpuh, Panji, Dhadhap, Dhadhap Kreta, Panah, Gêlas, Tamèng Glèlèng, Badhung, Kêthèk, sapanunggilanipun.

Badhe kasambêtan.

Kodrat, Batawi Sèntrêm.

--- 456 ---

Tanah dalah Têtiyangipun

Wilujêngan ing Patênggêran

Wilujêngan ing Patênggêran ingkang kula kajêngakên ing ngriki inggih punika wilujêngan ingkang katindakakên (kapikul) sêsarêngan ing têtiyang sapatênggêran utawi sadhusun-dhusun. Punika sasumêrêp kula wontên sakawan, inggih punika:

1. barikan

2. unan-unan

3. karo

4. kêsadha

[Grafik]

Têtiyang Tênggêr jalêr èstri nuju sami ngangsu toya kawadhahan ing bumbung.

Barikan punika wontên warni kalih, inggih punika ingkang kawontênakên sabên sêlapan dintên sapisan, lan sabên taun. Ingkang sêlapan dintên sapisan punika katindakakên dening têtiyang sadhusun-sadhusun, dene ingkang sabên taun punika dening têtiyang Patênggêran sagolong-sagolong, kados ta Tênggêr Pasuruan, Tênggêr Lumajang, lan Tênggêr Malang. Sagolongan-sagolongan wau sami ngawontênakên piyambak-piyambak. Amrih gampilipun barikan alit lan barikan agêng.

Barikan alit punika dipun wontênakên sabên dintên Jumuwah Lêgi. Ing wanci enjing têtiyang èstri sampun sami ambêkta sêkul sarêrangkenipun dhatêng griyanipun sanggar. Têtiyang èstri ingkang ambêkta sêkul wau ngêmungakên ingkang gadhah kajat, dados botên sadaya. Sêkul wau kawadhahan ing cowèk utawi ing panjang dipun poncot ing srêbèt. Sanggar punika namaning prabot dhusun, andhahaning dhukun saha ingkang kapiji ngujubakên wilujêngan barikan wau sarta ambantu padamêlaning dhukun, samôngsa wontên pari damêl ingkang agêng.

Sêkul sumbangan saking têtiyang wau kaklêmpakakên wontên ing griyanipun sanggar. Yèn sampun wancinipun dipun kêpung, sanggar lajêng angundangi têtiyang sarana nabuh kênthongan. Dene anggènipun ngujubakên wontên ing plataran sangajênging griya. Sajèn-sajèn ingkang katingal wontên satêngahing kalangan inggih punika: tumpêng robyong, pisang êmas, ulam ayam, sêkar sajèn lan toya

--- 457 ---

kawadhahan ing bokor. Ing sasampunipun kaujubakên, wilujênganipun lajêng kakêpung kados salimrahipun. Mênggah kajêngipun barikan punika, inggih punika nyênyadhang sihipun dhanyang-dhanyang ingkang ambaurêksa ing sumbêr-sumbêr, supados toyanipun têtêp agung, puwara kenging kapêndhêt damêlipun kangge kaprêluan ing padintênanipun lan kangge kaprêluan madamêl ing patêgilan.

Dene barikan agêng lampah-lampahipun mèh botên beda kalihan barikan alit. Namung kemawon ingkang nyanggi botên tiyang satunggal-satunggal, inggih punika tiyang sadhusun-sadhusun. Sarta anggènipun ngujubakên kêmpal dados satunggal wontên ing dhusun kalênggahanipun pangajênging dhusun. Tumrap Tênggêr Pasuruan wontên ing dhusun Tosari.

Barikan agêng punika wontênipun rowa sangêt. Sabên dhusun sami ngatingalakên kamonceranipun anggèning ngramèkagênngramèkakên. wilujêngan wau. Kados ingkang kaaturakên ing nginggil, barikan agêng punika kasanggi dening tiyang sadhusun-sadhusun. Sangganipun punika awujud ambêngan sapêpakipun. Punika kawadhahan ing bodhagan agêng, kaistha tandhu mawi karêrêngga ing sêsêkaran sarta gêndera dlancang obar-abir. Pambêktanipun katata sae, malah wontên ingkang kairing ing têtabuhan punapa. Wontên malih ingkang ngangge jathilan, sawênèh malih kapal kecak (kapal anjogèd). Bodhagan ingkang pintên-pintên kathahipun wau, kaklêmpakakên wontên ing kalurahan.

Badhe kasambêtan.

Supa.

[Iklan]

--- 458 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Tiongkok

Manawi angèngêti babading donya, ing kina-kinanipun, botên wontên nagari ingkang santosanipun kados Tiongkok, sinêbut nagari panjang apunjung, lohjinawi. Pundi parangmuka ingkang badhe nêmpuh mriku, botên sagêd dumugi dening kaprabawan agunging nata ingkang jumênêng, punapadene mirid dening kasatosaning praja. Mênggahing bab kasantosanipun praja, punika sagêd nitik saking baluwartining nagari ingkang têpung kêmput amagêri praja ingkang jêmbaripun ngantos botên kenging kinintên, mila lôngka sagêdipun tinêmpuh ing mêngsah.

Saya manawi mirid babading nagari Tiongkok, ing jagad botên wontên dêdongengan ingkang muyêgipun kados ing Tiongkok, têtiyangipun sami adhêdhasar prajurit, tuwin dhêdhasar rah dagang, ingkang kina-makina têtiyangipun sami misuwur rêmên andon lêlana mêkarakên caraning ulah pasudagaran, saha ing ngriku pinanggih tôndha yêktinipun, mèh botên wontên nagari ingkang kasêpênan ing bôngsa Tionghwa. Sadaya wau sarwa dados titik kasantosan saha kajêmbaranipun bôngsa Tionghwa.

Nanging lampahing jaman punika botên sagêd dipun ingêrakên dening manungsa, tuwin botên wontên nagari ingkang botên ewah kawontênanipun. Makatên ugi isining donya namung sarwa têtimbangan, têntrêming praja mawi sinisihan ing ura-uru. Mila inggih botên anèh bilih raharjanipun nagari Tiongkok tansah sinisihan ing paprangan, ingkang sampun pinanggih kina-kinanipun mila.

Dumugi akiring jaman, inggih jaman ingkang pinanggih ing sapunika, sintêna kemawon sampun sagêd anggambarakên têtandhinganing kamajêngan praja dalah sarakyatipun, tumrap pamawas ingkang pinanggih ing sapunika, sagêd amastani asoring kagunanipun têtiyang ing jaman kina, saya manawi nitik saking dêdamêling pêrang, punika sampun botên kenging dipun iribakên malih. Upaminipun, ing kina dêdamêlipun jêmparing, ing sapunika sanjata, mriyêm tuwin sanès-sanèsipun. Punika mênggahing tumamanipun sampun têbih sangêt.

Manawi bab punika dipun wawas bilih sadaya wau saking tuwuhing daya kamurkan, inggih lajêng pinanggih nyatanipun, bêbètènging praja ing rumiyin dados pêpagêr ingkang anggirisakên mêngsah, pinanggihipun wontên ing jaman sapunika sampun sanès êmpanipun, sampurnaning dêdamêl botên sagêd kêcêgat dening santosanipun bètèng. Tuwin sarèhning jamanipun ingkang sampun angajêngi, dados pêrang rêrêmpon ingkang pinanggih ing Tiongkok ing sapunika, nama sampun anglênggahi lêrêsipun.

Kawantêraning prajurit sasenapatinipun sami agêgalan sadaya, mangrêtos dhatêng ingar-ingêr kridhaning paprangan, ingkang namung sarwa anocogi kados kadibyaning mêngsah.

--- 459 ---

Tuwuhing paprangan ing Tiongkok sampun wêwulanan, dèrèng wontên sêsulakipun badhe kèndêl. Ing kala dhawah asoripun Tiongkok, adhakan nuwuhakên pamada saking kirang pangrêtosanipun golongan Tiongkok dhatêng paprangan, tuwin saking kirang saening gêgamanipun, mila kalampahan Tiongkok atêmah bubuk, kitha-kitha agêng ingkang asri, sami sirna asantun sipat dados lêbu.

Nanging manawi angèngêti dhêdhasaring bôngsa tansah kanggenan manah prajurit, asoripun wau kenging dipun wawas sawêg kalamangsanipun. Ing salajêngipun, pinanggihipun ing sapunika Tiongkok gêntos kêserenan wahyu unggul, punapa tindak trajangipun namung sarwa kalêrêsan, wadya Jêpan ingkang sinêbut santosa, tansah malêduk sirna gêmpang. Kitha-kitha ingkang sampun kêbrokan mêngsah, sagêd dipun rêbat malih.

Ing ngriku Tiongkok lajêng kêtitik dhasaripun, rahing prajurit taksih santêr ilinipun, karukunaning kabangsan saya ngrêmbuyung, malah kanyatan bilih kawontênaning bôngsa ingkang sumêbar inggih andayani.

Tumrap Jêpan, sumêrêp gumregahing mêngsah ingkang kados makatên punika botên badhe kêmba, agêng miris, malah lajêng katêtangi, rumaos bilih botên kenging badhe ngêndhoni tandangipun, awit sampun lêrêsipun, prajurit prawira mêmêngsahan kalihan mêngsah sakti.

Ing ngriku lajêng pinanggih cêthanipun ingkang sami paprangan ing bab wêgig juligipun dhatêng gêlar, Jêpan dipun têmpuh wadyanipun mawut asarsaran, nanging ing wingking anggubêd. Gêntos Tiongkok, manawi dipun talabung, gêntos anjiling.

[Iklan]

Makatên ugi ing bab rêrigên tumrap bôndha tuwin têdha, ngrika-ngriki tansah ibut arekadaya sampun ngantos kêputungan.

Ing sapunika gêntos liyan praja, pundi ingkang rumaos gêgayutan, kêpêksa angêmori damêl, caraning sawung gêntos wontên ingkang ambanyu.

Manawi mirid dhatêng kawontênanipun paprangan punika, taksih tangèh dumugining kawêkasanipun, singa bêtah kemawon.

Wara-wara

Ngaturi priksa dhumatêng para lêngganan Kajawèn. Kajawèn dintên Sabtu tanggal ping 16 ngajêng punika botên kawêdalakên, awit kaapit-apit ing dintên agêng. Nanging badhe karangkêp kawêdalakên ing dintên Rêbo. Inggih punika nomêr 31 lan 32. Mugi kawuningana.

--- 460 ---

Gupêrnur Jendral Ostraliyah, Lord Gowrie

Sampun dangu wontên wartos ing bab badhe rawuhipun Paduka Gupêrnur Jendral Ostraliyah, Lord Gowrie dhatêng tanah ngriki. Sadèrèngipun rawuh, wartos wau sampun sumêbar ing pundi-pundi, saha ing pundi nagari ingkang badhe dipun rawuhi sampun sami ngrancang ing bab tataning pamahargyanipun.

Kalampahan ing dintên Sabtu tanggal kaping 2 wulan punika, paduka gupêrnur jendral wau sampun rawuh wontên tanah ngriki, ingkang dipun rawuhi rumiyin ing Bali, dipun papag residhèn ing Bali tuwin para pangagêng sanès-sanèsipun. Salêbêtipun wontên ing Bali kathah panggenan-panggenan ingkang dipun rawuhi saha dipun pahargya ing têtingalan warni-warni.

[Grafik]

Paduka Gupêrnur Jendral Lord Gowrie sakalihan nyonyah wontên ing patamanan pura ing Canberra.

Ing dintênipun Ngahad wanci jam satêngah tiga bidhal saking Bali dhatêng Surabaya nitih motor mabur Knilm dipun garubyug ing motor mabur militèr 5 iji. Jam 4 sontên dumugi Surabaya dipun papag ing

--- 461 ---

Gupêrnur Jawi Wetan tuwin para pangagêng sanèsipun. Satêdhakipun saking motor mabur lajêng anjujug dhatêng dalêm gupêrnuran, lajêng têtêpangan kalihan para pangagêng ingkang sami wontên ing ngriku. Ing ngriku kawontênakên pahargyaning padpindhêr èstri tuwin padpindhêr èstri lare alit. Ing wanci sontên têdhak pêpara ing salêbêtipun kitha. Ing dalunipun anampèni sowanipun bôngsa Inggris.

[Grafik]

Paduka Gupêrnur Jendral Lord Gowrie sakalihan nyonyah nalika têdhak dhatêng Kubu Tambahan Bali. Gambar ngandhap nyonyah Paduka Lord Gowrie nuju tabikan kalihan Anak Agung Bangli.

Ing dintên Sênèn enjing bidhal dhatêng Surakarta nitih sêpur kilat. Sadumuginipun Surakarta dipun papag ing Gupêrnur Surakarta tuwin pangagêng sanès-sanèsipun, dipun pêthuk titihan oto, saha lajêng bidhal dhatêng karaton. Wontên ing karaton dipun pahargya têtingalan bêksa Srimpi. Jam sawêlas kirang saprapat paduka gupêrnur nglajêngakên têdhak dhatêng Ngayogyakarta nitih oto karaton.

Jam satêngah satunggal dumugi ing Ngayogyakarta, dipun papag ing gupêrnur tuwin pangagêng militèr tuwin sanès-sanèsipun. Dhahar wontên gupêrnuran. Dalunipun wanci jam pitu kirang saprapat, mara tamu dhatêng karaton, dipun dhèrèkakên gupêrnur, pangagêng Pakualaman, pangagêng militèr tuwin sanès-sanèsipun. Têdhakipun paduka gupêrnur jendral dhatêng karaton dipun pêthuk kareta kancana, urut margi ingkang dipun langkungi kawontênakên barisipun abdi dalêm prajurit. Sadumugining karaton, dipun papag Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan, dipun urmati musik lagu wilhèlmês tuwin lagu kabangsan Inggris punapadene gôngsa. Wusana tamu agung wau lajêng têtêpangan kalihan para pangeran. Ing ngriku kawontênakên pahargyan [pahargya...]

--- 462 ---

[...n] bêksan Srimpi, tamu lajêng mariksani rêrênggan tuwin upacara kaprabon, salajêngipun kasugata. Jam wolu têdhak wangsul dhatêng gupêrnuran.

Ing dintênipun Salasa paduka gupêrnur jendral têdhak dhatêng Barabudhur, dipun dhèrèkakên Gupêrnur Jawi Têngah tuwin residhèn Magêlang. Saking Barabudhur têdhak Kopèng, lênggah dhahar. Sontênipun nitih motor mabur saking Sêmarang dhatêng Bandhung.

Up Amtênar Bale Pustaka wangsul saking pêrlop

Manawi botên dipun manah, lêlampahan ing salêbêtipun wolung wulan punika botên dangu. Kados para maos taksih kèngêtan gawang-gawangan wartos nalika Up Amtênar Bale Pustaka Dr. K.A.H. Hidding tindak pêrlop dhatêng nagari Walandi. Tindakipun pêrlop wau laminipun wolung wulan.

Kala ing dintên Kêmis kêpêngkêr, panjênênganipun up amtênar wau sampun rawuh wangsul saking pêrlop, kanthi sugêng botên kirang satunggal punapa.

[Grafik]

Dr. L. de Vries

[Grafik]

Dr. K.A.H. Hidding

Ing salêbêtipun Up Amtênar Bale Pustaka pêrlop, ingkang makili panjênênganipun Dr. L. de Vries saking kantor Inlandsche Zaken. Ing salêbêtipun, Dr. L. de Vries jumênêng wêwakil wontên Bale Pustaka, pinanggih sarwa adamêl suka bingah ing para andhahan, sagêd sumrambah dhatêng sadayanipun. Ing salajêngipun, panjênênganipun Dr. L. de Vries wangsul dhatêng kantor Inlandsche Zaken malih, jumênêng Adjunct Adviseur ing kantor wau.

--- 463 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Bab Suryawirawan

IV.

Garèng : Ora, Truk, takpikir-pikir bangsane dhewe kuwi kakehan prêtèngsèng, kakehan modhèl, kakehan akal. Gèk prlêune bae apa ngêdêgake suryawirawan barang kuwi, hara, hara, hara...

Petruk : Kang Garèng, le ngomong ambok aja kênès-kênès mangkono. Takkandhani, ya Kang Garèng, mungguh karêpe nganakake suryawirawan, kuwi ambantu nênuntun para mudha bangsane dhewe, iya lanang iya wadon, supaya ing têmbe burine bisaa dadi uwong kang bêcik lan gêdhe gunane.

Garèng : Wah, rong prakara sing aku ora cocog Truk. Kang kapisan, jarene sing klêbu dadi warga suryawirawan kuwi, para mudha sing umure wolulas taun munggah, dadi iya lanang, iya wadon, padha para mudha sing wis... tau sêndhiri, Truk. Lo kuwi têka arêp dikumpul-kumpulake, dituntun lan didhidhik, mêsthine iya barêng-barêng, wèh Truk, iki apa iya ora dikuwatirake yèn... pring padha êpring, mas...

Petruk : Hla, kuwi nèk pikirane wong kolot, gagasane le sok nêrabas-nêrabas mêngkono. Bênêr ing kono dianakake kumpulan suryawirawan, iya kanggo lanang, iya kanggo wadon. Nanging cara pandhidhikane kuwi rak mêsthi beda, Kang Garèng, kajaba ora dikumpulake dadi siji, anggone awèh tuntunan mêsthine iya miturut kabutuhane dhewe-dhewe, butuhe wong lanang apa, butuhe wong wadon apa, nanging bab kiyi dirêmbug kèri bae mêngko. Saiki prakara kang nomêr loro kang ora andadèkake cocoging atimu, lo kuwi apa manèh, Kang Garèng.

Garèng : Sing uga anggawe ambêdhêging rêmpêluku, kuwi anggone kumêkèk, kumalungkung, kêmlênyis, arêp nênuntun bangsane dhewe, iya lanang, iya wadon, supaya ing têmbe burine bisaa dadi wong kang utama lan akèh gunane. Rumasane apa nabi utawa wali kathik arêp nênuntun wong supaya dadi wong utama sarta gêdhe gunane tumrap urip bêbrayan iki. Nèk wong lumrah bae, arêpa pintêre sajagad diênggoni dhewe, aku mêksa ora ngandêl, Truk, bêgja-bêgjane iya nênuntun wong murih... mundhak murkane, kang wusanane mung arêp nyêplok, utawa nêlên kancane urip-uripan bae. Kajaba iku, wèh, anggone ngina utawa nyêpèlèkake nyang uwong kuwi kathik dudu mênus mêngkono, rumasane wong-wong kuwi anggone nênuntun anak-anake kanggo... gêntho lan sapadhane, apa...

Petruk : Panampamu sing kaya ngono kuwi salah wèsêl, Kang Garèng, sing gênah anggonmu ngrungokake kuwi supaya panampane aja tlusar-tlusur [tlu...]

--- 464 ---

[...sar-tlusur] mêngkono. Sing wis takkandhakake ing ngarêp, suryawirawan ora mligi nênuntun, nanging ambantu nênuntun supaya... ensopurut, Kang Garèng. Wis mêsthi bae yèn saikine bocah-bocah kuwi wis olèh tuntunan saka wong tuwane apadene guru, nanging nèk banjur ana sing mèlu ambantu kuwajibane wong tuwa lan guru mau, rak saya bêcik, ta.

[Grafik]

Garèng : Ora mêsthi, Truk, yèn akèh sing ngrewangi kuwi mêsthi luwih utama, tandhane lagi aku... gudhigên kae. Bêndhara dhoktêr dhawuh supaya dipopoki salêp, Mas Cakra dhawuhe: sampeyan tambani tlutuh jarak mawon rak mari. Barêng Kyai Klênthimungil dhawuhe: gampang niku, Mas Nala, sampeyan popoki nganggo... tlêpong mawon. Mara, saka akèhe wong sing ambantu awèh tômba mau, ing wusana gudhigku... andrêbala, Truk.

Petruk : Ora maido, Kang Garèng, mangan upo maltin, iki jarene bisa waras lan lêmu, ewasamono wong ngombe upo maltin bisa kalakon mati, yèn pangombene dicampur... warangan upamane. Ora, Kang Garèng, prêcayaa nyang aku, yèn ana kumpulan mèlu ambantu nênuntun para mudha, kuwi pancèn luwih utama. Awit guru kuwi rak mung prasaksat awèh piwulang bab ajaran sêkolahan, bab alusing budi sarta kautamaning ngaurip, kuwi sing akèh sok ora pati diprêdi, dene wong tuwane umume ora kobêr. Jalaran saka iku wohing pandhidhikane mau sok banjur anèh-anèh. Kaya ta: saiki akèh bae para mudha priya sing pintêr bangêt anggone... saputan, nganti wong sok bingung anggone ngarani: apa lanang, apa wadon. Mulane pêpayone... bêdhak pirgin saiki iya dhobêl tripêl, Kang Garèng. Sabab sing nukoni ora mung wanita thok, nanging para priya iya saksayahe. Kosokbaline iya akèh kaum wanita sing banjur pantês jênêng: nonah... Wèllêm.

Garèng : Wayah, nèk nonah kuwi iya nonah: Mari, apa: Dhorah, ana kok nonah: Wèllêm, iki jênêngane sinyo lanang, Truk.

Petruk : Nèk jênêng nonah Mari, kuwi rak wis gênah yèn wadon. Mulane tak arani nonah Wèllêm, kuwi nèk nitik tandang-tanduke: pêncolotan, mlumpat-mlumpat, malah maka... plênos katon pupune, sajake kêpenak bae. Mêngkono uga yèn ana ing ngomah, ora kok banjur olah-olah,

--- 465 ---

ngrenda, andondomi, nanging maca koran lungguh ngèplèh-èplèh nganggo singsat-sigsot barang, lo kuwi kabèh rak tandang-tanduk lan tingkahe Wèllêm, dene katone yèn nonah (wadon) ana ing ngêndi bae ora lali anggone: srithat-srithit jungkatan, lan siyat-siyut pupuran lan bengesan. Lho, sing kaya ngono kuwi jênêngane rak ngrusak agama ta, Kang Garèng.

Garèng : Ha iya, tumrape jaman saiki, pancèn akèh wong lanang sing kêmayu lan wong wadon sing gêmagus kuwi, dadi kaanan sing nyêbal karo pathokaning alam. Hla, saikine kumpulan suryawirawan nêdya ngrewangi nyang pandhidhikane para mudha bangsane dhewe supaya bisane sampurna, ta, nèk mêngkono aku iya mupakat, Truk. Mungguh dalan-dalane iki kêpriye.

Petruk : 1e. Dituntun utawa didhidhik supaya anduwènana rasa-rumasa lan supaya anduwènana trêsna nyang bangsa apadene tanah kalairane.

Garèng : Mêngkosik, Truk, aku tak nyêlani dhisik. Anggêre wong kuwi rak iya duwe rasa-rumasa, Truk. Kayadene aku dhewe, iya wis rasa-rumasa yèn aku iki wong cilik, nèk dandan mêsthine iya ora nganggo: cênela, jarit parang rusak barong, nganggo bêlor lan udud srutu apanah, lan yèn butuh bojo, mêsthine iya ora nglamar bangsane bêndara ajêng, apa prasaksat cebol anggayuh rambutan.

Petruk : Paribasane ora mangkono, Kang Garèng, nanging: cêbol anggayuh lintang.

[Iklan]

Garèng : Hla kuwi rak yèn arêp nêrangake mokal bisane kêna, balik rambutan, anggêre si cebol mau gêlêm nganggo sènggèt, utawa ôndha, rambutane rak iya kêna digayuh. Mêngkono uga, yèn wonge cilik nganggo ôndha: Mr. utawa Dr. apa ora bisa olèh bêndara ajêng.

Petruk : E, iya, iya, wis. Anggonmu ngrêtèkake rasa-rumasa kuwi mau iya bênêr, nanging isih kurang, Kang Garèng. Karêpe anduwèni rasa-rumasa, uga iya mangkene, Kang Garèng : Yèn kowe anduwèni rasa-rumasa dadi manusa, titahing Pangeran kang luhur dhewe bêbudène, tindak-tandukmu utawa tekadmu iya aja nyulayani karo rasa-rumasamu kuwi. Karêpe: uripmu mau jaganên bisane bêcik.

--- 466 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

Griya sakit têtiyang sakit ewah sampun rampung. Pandamêling griya sakit têtiyang sakit ewah ing Pakêm, Ngayogya, sampun rampung, griya sakit wau dipun namakakên Lalijiwa. Têtiyang ingkang dipun upakara ing ngriku ing sapunika wontên 140.

Kamirahanipun Dr. Philips. Kala Dr. Philips dhatêng ing tanah ngriki aparing darma arta dhatêng Asib f 5000.-, dhatêng pakêmpalan sakit mripat 5 panggenan f 5000.-, dhatêng pamiyaran tiyang sakit ewah f 1000.- tuwin dhatêng stichting Oranye Nassau ingkang dipun pangagêngi Pa van der Steur ing Magêlang f 1000.-.

Examen commissie ing H.B.S. ing Malang. Ingkang madêg dados commissie examen ing H.B.S. ing Malang taun 1938 punika: I minangka wêwakil voorzitter Tuwan W.D.J. Marchant, guru ing pamulangan wau. II minangka Gecommitteerde: tumrap wiskunde tuwin mechanica Tuwan A.M.J. Jaspers, guru R.K. Algemeene Middelbare School St. Albertus ing Malang. Tumrap natuurkunde, scheikunde tuwin plant en dierkunde Dr. Ch. J. Keyzer, guru N.I.A.S. ing Surabaya. Tumrap basa Walandi tuwin basa Jerman, Dr. Th. M.M. van Rooy, guru R.K.A.M.S. ing Surabaya. Tumrap basa Prancis tuwin basa Inggris, Nyonyah Mr. C.M. Burger geboren Dornheck Busscher, partikêlir ing Malang.

Openbare Meisjes Normaalschool ing Salatiga. Benjing tanggal 1 Augustus ngajêng punika ing Salatiga badhe wontên bikakan Openbare Meisjes Normaalschool. Ingkang sagêd katampèn ing ngriku kêdah lare èstri ingkang sampun umur 12 taun, badan saras, botên anggadhahi cacad ingkang awon. Caranipun malêbêt ingkang nêmpuh pandadaran saha kêdah: a. Lare wêdalan saking Meisjesvervolgschool taun 1937 utawi pamulangan angka II utawi ingkang kasamèkakên kados pamulangan wau. b. Lare-lare ingkang ing taun punika wontên ing klas ingkang inggil piyambak ing pamulangan wau. c. Lare-lare tamatan saking H.I.S. taun 1937 utawi saking Schakelschool utawi murid-murid pamulangan wau ingkang mêdal sasampunipun Augustus 1937 ingkang ing klas inggil piyambak utawi sangandhapipun klas ingkang inggil piyambak. d. Lare-lare ingkang ing wêkdal punika manggèn wontên ing klas VI utawi VII ing H.I.S. utawi manggèn ing klas IV utawi V ing Schakelschool. Panyuwunipun lumantar Schoolopziener ingkang gêgayutan kalihan pamulanganipun. Ing sadèrèngipun tanggal 10 Augustus sasampuna dipun tampèni dening Schoolopziener. Murid ingkang badhe katampèn namung 30.

[Grafik]

[Iklan]

Dhukun gaib kacêpêng. Ing kampung Gandhekan Surakarta, wontên dhukun pêng-pêngan nama Soedarma Danoedipoero. Dhukun wau manawi njampèni tiyang sakit namung sarana dipun pandêng kemawon. Tiyang ingkang dhatêng atusan, kados adatipun manawi wontên dhukun kados makatên. Nanging bab punika lajêng dipun cêgah dening pulisi, dhukun wau dipun cêpêng saha kaantukakên dhatêng nagari aslinipun ing Lumajang.

Ingsêr-ingsêran ing babagan Landraad. Katêtêpakên dados tjidelijk buitengewoon voorzitter Landraad ing Madiun tuwin Panaraga, Tuwan Abdoel Moetalip Moro Gêlar Sutan Chalipah, rumiyinipun tjidelijk onder-voorzitter Landraad ing ngriku ugi. Dados tjidelijk ondervoorzitter Landraad ing Madiun tuwin Nonorogo,Panaraga. R. Soedana Tjakra Gandasoebrata, ing ngajêng lid Landraad ing Ngayogyakarta.

Rawuhipun Dr. K.A.H. Hidding. Nalika rawuhipun Dr. Hidding, Hoofdambtenaar kantor Bale Pustaka saking nagari Walandi dumugi ing Tanjung Priuk, kapapag minggah ing kapal dening para punggawa Bale Pustaka. Ing nginggil punika ngêwrat gambaripun Dr. Hidding (x) miwah para punggawa kantor Bale Pustaka nuju lêlênggahan wontên ing kapal. Gambar sisihipun têngên Tuwan Dr. L. de Vries ingkang makili Dr. Hidding sadangunipun pêrlop.

--- 467 ---

Mr. Soedjono saèstu dhatêng Jêpan. Ingajêng wontên wartos bilih Mr. Soedjono badhe dhatêng Jêpan, nanging botên saèstu. Ing sapunika sampun wontên wartos ingkang têtêp saèstu dhatêng Jêpan, bidhalipun wontên ing salêbêtipun wulan April punika. Wontênipun ing Jêpan Mr. Soedjono dados guru wontên ing pamulangan luhur. Wontênipun wartos punika ngantos dangu, awit sawêg dados rêmbagipun ingkang wajib.

Bab krêtêg kina ing Bêtawi. Sampun kêrêp kawartosakên ing bab krêtêg kina ing Bêtawi. Krêtêg wau saking panêdhanipun pakêmpalan Oud Batavia badhe kamulyakakên, kanthi botên ngewahi sipatipun, nanging tumrap Pakaryan babagan Barang Kina botên nayogyani, awit kamanah botên wontên cêcariyosanipun punapa-punapa. Wusana sarêng ngawontênakên pêpetanganing waragad kangge mulyakakên, botên sagêd gêlêng ing rêmbag, saha lajêng katêtêpakên botên saèstu kamulyakakên.

Sudagar bathik ing Pêkalongan sami ngrêkaos. Jalaran saking mindhaking rêrêgèning bumbu bathik tuwin mindhaking pajêg, para sudagar bathik ing Pêkalongan kêpêksa kathah ingkang nutup pakaryanipun, anjalari kathahing tiyang angguran. Anggèning ngrêkaos makatên wau, amargi botên sagêd ngindhakakên rêrêgèning sinjangipun.

Restaurant ing Kêbon Raja Bogor. Ing sapunika ing salêbêtipun Kêbon Raja Bogor dipun adêgi restaurant sakalangkung sae tuwin jêmbar. Ingkang ngêdêgakên restaurant wau saking bêbadan pakêmpalan tuwin pambiyantunipun golongan partikêlir.

Unta kasowanakên. Awit saking kaparêng dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana, kagunan dalêm unta ingkang wontên ing Sriwêdari, sabên ing dintên Kêmis tuwin ing dintên agêng kadhawuhan nyowanakên dhatêng kraton.

Mulyakakên pasarean ing Gambiran. Miturut wartos pasarean ing Gambian, Kota Gedhe, badhe dipun mulyakakên kanthi waragad saking Nagari Karajan Jawi, inggih punika Kasunanan tuwin Kasultanan. Wontênipun pasarean ing ngriku dipun mulyakakên punika, ingkang sumare ing ngriku putra Pajang, Pangeran Bênawa.

Tumindaking panyadean sarêm. Tumindaking tatanan enggal ing bab panyadean sarêm ing Jawi-Kilèn pinanggih sae, inggih punika wontên sadasa kabupatèn. Ing sapunika lajêng badhe tumindak wontên ing Jawi-Wetan. Tumrap ing Surabaya kemawon pinanggih wontên papan panyadean sarêm enggal 20 panggenan. Tumrap panyadean sarêm ing tanah Karajan Jawi pinanggih majêng, inggih punika tumrap sarêm alit, ing salêbêtipun wulan Oktobêr kêpêngkêr sagêd pajêng 190.000 kg, ing wulan Nopèmbêr wontên 206.000 kg, ing wulan Decèmbêr wontên 250.000 kg tuwin wulan Februari wontên 375.000 kg.

Manggih barang kina. Tuwan Soewarno, opzichter Pakaryan babagan Barang Kina ingkang nuju tumindak ing damêl wontên ing Singosari, manggih barang kina awarni pêthèn, kêpêndhêm ing siti. Pêthèn wau sarêng dipun bikak pinanggih isi barang mas-masan. Ing sanalika ngriku barang wau lajêng dipun tutup rapêt kanthi dipun lak, kakintunakên dhatêng Pakaryan babagan Barang Kina ing Bêtawi. Kajawi punika ing sacêlakipun papan panggenan manggihakên barang wau ugi pinanggih wontên barang malih warni sêsupe mas, ugi lajêng kakintunakên. Sasampunipun punika Tuwan Soewarno ugi manggih tilas-tilas candhi wontên ing ngantawisipun Singosari tuwin Karang Ploso.

Hoofdkantoor Kadaster badhe kapindhah dhatêng Bandhung. Wontên wartos, awit saking kaparêngipun parentah, Hoofdkantoor Kadaster ing Bêtawi badhe kapindhah dhatêng Bandhung. Dene kantoripun ing Bandhung ingkang dipun ênggèni ing sapunika badhe pindhah dhatêng gêdhong sanès, saha tilasipun lajêng kangge gêdhong pakaryan praja sanèsipun.

[Iklan]

Congres Gerindo ingkang kapisan. Sampun katêtêpakên, benjing dintên Ngahad kaping tiga ing wulan Juni ngajêng punika, Gerindo ngawontênakên congres ingkang kapisan, manggèn ing Bêtawi.

Mèngêti adêgipun sampun sawindu. Benjing ing wulan Juli Pakêmpalan Kawula Ngayogyakarta adêgipun sampun jangkêp sawindu. Ing ngriku badhe kawontênakên congres tuwin mawi ngawontênakên pèngêtan sarana ngêdalakên buku.

NAGARI WALANDI

Urunan saking nagari Walandi dhatêng Tiongkok. Miturut wartos parentah nagari Walandi ngintunakên arta kathahipun f 50.000.- dhatêng Volkenbond, minangka pambiyantu tumrap Tiongkok. Arta samantên wau asli saking nagari Walandi tuwin tanah Indhiya. Saha supados katanjakakên kangge pêrluning pitulungan babagan jêjampi. Arta wau badhe kapasrahakên dhatêng commisse babagan kasarasan saking Volkenbond ingkang wontên ing Tiongkok.

AMERIKA

Wadya lautan Amerika kêdah langkung agêng tinimbang Jêpan. Miturut rêmbagipun para kawogan, supados Amerika anggadhahi wadya lautan ingkang langkung agêng tinimbang Jêpan. Inggih punika langkung 60%. Panjangka makatên wau badhe dipun tindakakên bilih kawontênan ing lautan Pacific laladan Asia taksih pinanggih kados makatên kemawon.

ASIA

Kawontênanipun têtiyang ingkang minggah kaji. Miturut pèngêtan kawontênanipun têtiyang ingkang minggah kaji ing taun punika, ingkang mêdal ing lautan wontên 63.788 ingkang dharat saking Irak tuwin Syrie mêdal Madinah wontên 3436. Ingkang asli saking tanah Indhiya Walandi wontên 16.089, ingkang 1113 lare alit. Saking Indu 15.238, ingkang 408 lare. Saking Tiongkok 55, ingkang lare 2, tuwin saking Jêpan 4.

--- 468 ---

Wêwaosan

V. Lêlampahanipun Sêtayor lan Dèwi Wasilisah

66

Kanthi rênaning panggalih sang prabu mituruti panuwunipun utusan wau, ing salajêngipun Wasilya lajêng wicantên makatên:

Sadhèrèk Sêtayor, wiwit tindak samangke punika sampeyan dados gadhahan kula. Môngga, tumuntên tumut kula dhatêng ing pakuwon kula, awit kula nêdya enggal-enggal santun.

Tiyang ingkang ngemba utusan, punapadene Sêtayor lajêng nyuwun pamit dhatêng sang prabu, saha lajêng mêdal ing jawi. Salajêngipun kalih-kalihipun lajêng sami numpak kapal saha lajêng sami nuju dhatêng ing pasanggrahanipun sang Wasilya. Sarêng dumugi ing têngah-têngahing margi Wasilya pitakèn dhatêng Sêtayor makatên: sadhèrèk Sêtayor, punapa panjênêngan pangling dhatêng kula. Ingkang dipun pitakèni amangsuli makatên: kadospundi têka panjênêngan andangu dhatêng kula makatên punika, awit salami kula gêsang, sawêg punika kula pinanggih panjênêngan.

Wasilya namung lajêng kèndêl kemawon. Sarêng dumugi ing pakuwonipun, tiyang ingkang ngemba utusanipun Prabu Kaliyên wau lajêng lumêbêt ing pakuwon, lan botên watawis dangu mêdal malih, ananging ing samangke mangangge cara wanita, salajêngipun nuntên pitakèn dhatêng Sêtayor makatên:

Samangke panjênêngan punapa taksih pangling dhatêng kula.

Saking gumun lan kagètipun Sêtayor ngantos lajêng dhêlêg-dhêlêg sakêdhap, nanging salajêngipun ingkang èstri nuntên karangkul. Sêtayor lajêng nyariyosakên sabab-sababipun dene lajêng kaukum kalêbêtakên ing gêdhong pêtêng wau, inggih punika: sabab piyambakipun angumukakên endahing warni punapadene kalangkunganipun tiyang èstri, ngantos piyambakipun kaladuk wicantênipun kumawani nyariyosakên, bilih sanadyan sang prabu piyambak tamtu badhe manut miturut punapa pikajêngipun ingkang èstri. Pungkasanipun Sêtayor lajêng ajak-ajak ingkang èstri, supados lajêng tumuntên bidhal wangsul dhatêng Cèrnigop, nanging Wara Wasilisah lajêng wicantên makatên:

Kados kirang utami manawi kula kêkalih lajêng sami nilar kitha ngriki, kados caranipun pandung ingkang miruda. Saenipun ing samangke sami sowan lumêbêt ing kadhaton malih, sabab sadaya atur panjênêngan dhatêng sang prabu punika pancèn anêmahi, inggih punika para pangeran tuwin para bupati sami dados gêgujêngan, dene Prabu Wladhimir ugi saèstu manut miturut punapa ingkang dados pikajêng kula.

Ing wusana Sêtayor kalihan ingkang èstri kalampahan sowan malih lumêbêt ing kêdhaton. Wontên ing ngriku Wara Wasilisah lajêng umatur dhatêng Prabu Wladhimir makatên:

Ngunjukakên kasugêngan paduka, sinuhun, kawula ingkang suwau ngakên utusanipun Prabu Kaliyên, sajatosipun nama kula: Wasilisah, inggih sêmahipun Sêtayor punika. Sowan kawula malih wontên ing ngarsa nata punika, pancènipun makatên kawula kapengin kadhaupakên kalihan putra kapenakan paduka, nanging samangke paduka tamtunipun botên badhe amarêngakên.

Mirêng aturipun Wara Wasilisah ingkang makatên wau, Dèwi Sabawa lajêng umatur dhatêng ingkang rama makatên:

Dhuh, rama prabu, rak inggih lêrês mênggah atur kawula ing ngajêng. Kirang sakêdhik kemawon rama prabu tamtu dados gêgujênganipun para kawula ing saindênging praja Ruslan, jalaran ingatasipun kênya têka pun kadhaupakên kalihan wanita.

Sang prabu sangêt ing lingsêmipun saha andhingkluk. Ing wusana sang prabu lajêng dhawuh dhatêng Sêtayor makatên:

Sêtayor, pancèn wis dadi wênangira sira ngumukake kapintêran lan kaluwihane bojonira iku. Mula iya nyata, para pangeran sarta para mantri bupati kang padha pintêr-pintêr, wis kalakon kawirangan dening bojonira, malah ingsun dhewe, ora ngêmungake kawirangan bae, nanging uga nganthi kalakon manut miturut apa kang dadi kêkarêpane bojonira. Ingsun wis angrumasani kalah, lan yèn sira karo-karone nêdya bali mênyang Cèrnigop, ora ana wong kang ngarubiru ing lakunira.

Sêtayor tuwin ingkang èstri: Wara Wasilisah, ing batos sajatosipun sakalangkung bingah manahipun, dene tindakipun ingkang sanyatanipun kirang tata wau, katampi tanpa dêduka dening Prabu Wladhimir. Salajêngipun tiyang kêkalih wau lajêng nyuwun pamit dhatêng sang prabu tuwin sang pramèswari, punapadene para pangeran saha mantri bupati ingkang sami wontên ing ngriku sadaya, saha lajêng nêdha bidhal wangsul dhatêng papan padununganipun, inggih punika ing: Cèrnigop.

Sang prabu tuwin sang pramèswari, makatên ugi para tamu sadaya, lajêng sami nguntabakên lampahipun Sêtayor miwah ingkang èstri, ngantos dumugi ing gapuraning kadhaton.

Badhe kasambêtan.

Wara-wara

Ngaturi uninga, bilih rêginipun gambar kalih iji ingkang kangge bêbingah punika, f 0.80. Sintên ingkang kêparêng mundhut tumbas, kêdah ngintunakên arta rumiyin. Wragading pangintun, katanggêl dening Bale Pustaka.

--- 57 ---

Nomêr 15, 13 April 1938, taun III.

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta: Rr. Siti Mariyam. Kawêdalakên sabên Rêbo.

Hakipun wanita winêngku priya, mamrih rahayuning jêjodhoan.

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 28.

Upas margi têtumpakan, mranata lampahing pit, kreta, motor, jêbul nyambi nitipriksa bakul-bakul ing pêkên, mriksa karcis, nyababakên dhatêng mandhor sarta lurah pêkên: genea iki, ibu, durung duwe karcis sapiturutipun. Asistèn wadana marentah lan mranata padamêlaning lurah dhusun, jêbul kajêngipun lurah badhe gêntos mranata asistènipun. Kadospundi kawusananipun, tamtu inggih kirang têntrêm sarta kisruh.

[Grafik]

Biyang: Marta Sleman

Kadospundi panguwaos kula, tumrap gêsang sêsrawungan ing jaman ingkang kula idaki punika. Botên sanès inggih nglênggahana panguwaosipun, lumampah nurut rilipun piyambak-piyambak. Panguwaos kula tiyang bodho kêdah tabêri, saèn takèn-takèn bab punapa kemawon dhatêng tiyang pintêr. Ingkang rumaos pintêr, inggih anular-nularana kasagêdanipun. Sampun kok kapintêran tuwin kêgagahanipun wau namung badhe kangge mlindêr ing sanès. Makatên ugi pun bodho, lajêng kumintêr, sintên-sintên badhe dipun wulang. Panguwaosipun tiyang nyambut kêdah nyaur, mangsulakên. Sampun kok yèn dipun tagih utawi dipun emutakên, lajêng sêrik, mrêkitik, muring-muring, malah nantang kapurih anggugat barang. Wajibipun tiyang nêdha pitulungan, inggih namung cêkap sak nêdha yèn dipun sukani. Sampun kok lajêng grênêngan: kêbangêtên, gêmine satêngah mati, ambêthithil, bandhane pirang-pirang èwu kuwi apa arêp diênggo gêlu besuk. Kosokwangsulipun ingkang dipun suwuni pitulungan, yèn wontên inggih kêdah maringi kanthi eklas lair batos. Sampun kok purun maringi, nanging kanthi ngrêsula: wah, jaman saiki, thik-thik wong anjaluk darma, iya wujud wonge utawa bêbadan, êndi sing urunan anu, anu, ora ana [a...]

--- 58 ---

[...na] pêdhote. Sadaya ingkang kula aturakên ing nginggil punika, nama panguwaos ingkang wor suh lênggahipun.

Kula golongan ibu, golongan winêngku ing priya, trêkadhang angsal sêsêbutan, kônca wingking utawi: cowèk gopèl. Kadospundi tumindak kula, mamrih têntrêming abale griya. Botên sanès inggih namung kêdah nêtêpi utawi nglênggahi panguwaos kula èstri golongan winêngku. Sampun ngantos panguwaos utawi nêmpil panguwaosipun tiyang jalêr. Panguwaos kula tiyang èstri: mranata tata-têntrêming bale griya, ngupakara anak ingkang nyêkapi, anggêmèni, metang, ngubat-ubêtakên kaskaya mamrih kacêkapipun, anjagi prajaning têtiyang jalêr, lan kathah sangêt panunggilanipun.

Badhe kasambêtan,

Biyang: Marta Sleman.

Bab Olah-olah

I. Jangan lumbu

Gaganging lumbu pari. (Lumbu pari punika wujudipun kados wit kimpul, namung yèn lumbu pari punika wujudipun pêthak sulak ijêm, yèn wit kimpul punika cêmêng utawi biru sêpuh).

Gagang (upami godhong katès makatên) glonggongipun wau kabêsèt ngantos rêsik. Pambêsètipun botên kenging dipun ambali. Têgêsipun, upami sabêsetan, pêdhot têngah, botên lajêng dipun têrusakên wiwit ing pêdhotan wau, prêlunipun supados ical gatêlipun. Nanging sajatosipun, wontênipun gatêl wau, amargi kirang rêsikipun kemawon, dados pambêsèting lumbu wau kêdah ingkang ragi kandêl, prêlunipun botên pêdhot têngah, botên gatêl (rêsik saèstu).

Bilih sampun rêsik saèstu, lajêng kaêpe, prêlunipun ical tlutuhipun, pangêpenipun wau botên prêlu garing saèstu, cêkap namung alum kemawon.

Lajêng dipun rajang saha kagodhog mawi toya sawatawis, kabumbonan: rajangan brambang, salam, gêndhis jawi, sarêm lan asêm, kathah sakêdhikipun kakintên kalihan kathah sakêdhiking lumbu wau.

Panggodhogipun sampun ngantos kapêjahan latu, supados langkung eca, sêgêr, bilih sampun umom sawatawis, lajêng kasantunana ing wadhah sanès, ingkang prayogi bangsaning panci, ngantos saasrêpipun. Lajêng kadhahar, kraos sêgêr sangêt, nglangkungi jangan bêning, bobor tuwin loncom. Langkung-langkung ing papan ingkang hawanipun bêntèr, wah, sampun, dede raos nikmatipun, tur ragadipun sakêdhik.

Rangkènipun: sambêl jenggot

Pandamêlipun sambêl jenggot: parudan klapa ingkang cêkapan nèm sêpuhipun, lombok, kêncur, traos tuwin sarêm, kaulêg dados satunggal. Mêwahi ing kanikmatanipun. Malah manut têmbungan kina: yèn nyambêl jenggot iku aja marêp mangidul, sawise rampung, munthune uncalna sing bablas, supaya ora kasinên, lan mundhak enak, ora marakake mulês.

S. Saring Nataprajan 455,

Ngayogya.

--- 59 ---

Dhukun Bayi

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 28

Pun jabang bayi inggih dipun dadah alon-alon enjing sontên, botên mawi dipun gêdhong saha botên dipun dulang, cêkap kula sêsêpi piyambak, namung têdha kula kula jagi saèstu, sagêda ingkang mikantuki tumrap kasarasan saha kakiyatanipun jabang bayi, makatên ugi pangupakara sanèsipun miturut kawruh kadhoktêran ingkang sampun kula mangrêtosi.

[Grafik]

Nyai: Darma Prawira

Nyêlani sakêdhik, kula badhe angandharakên pitulunganipun dhukun bayi dhatêng tiyang sanès, luwung kangge mêwahi sêsêpan minôngka panimbang. Kula asring mirêng saha nyumêrêpi, wontên tiyang ingkang anglairakên jabang bayi sajak ngrêkaos, ngantos jam-jaman trêkadhang sadintên, dhuh, saiba rêkaosipun, para maos têmtu sagêd anggalih piyambak. Nyai dhukun katingal bikut tandangipun, tansah angêmèk-êmèk malah trêkadhang anguli-uli wêtêng, binarung swara pasambat ingkang amêlas asih, winantu sêbutipun para têtiyang ingkang sami anênggani. Wontên sawênèhing dhukun, saking bingungipun ngantos ngangge sarat masrut, piyambakipun akudhung kêkêb anyangkêlit irus. Saèstu anggumujêngakên. Manawi wêdaling ari-ari lêt dangu saking jabang bayi, pun jabang botên tumuntên dipun upakara, dipun umbar galènteran ngantos garing. Swaraning sêbut sangsaya umyung, adamêl girising manah. Manawi ari-ari sampun mêdal, pusêr sawêg kakêthok.

Kalih taun ingkang kapêngkêr, tanggi kula badhe anglairakên jabang bayi, ngantos sadintên sadalu dèrèng lair. Dhukunipun ngantos kalih, sarêng sampun tiga, sawêg nêdha pitulunganipun frudfro. Frudfro dhatêng mriksa. Nanging alok manawi piyambakipun botên kaconggah amitulungi, amila enggal-enggal ngaturi dhoktêr. Botên antawis dangu dhoktêr rawuh kadhèrèkakên punggawanipun kalih jalêr èstri, dados jangkêp sakawan. Dhoktêr gèdhèg-gèdhèg, awit priksa bilih jabang bayi sampun pêjah, mila kêdah kawêdalakên sarana pirantos. Kalêksanan, pun jabang bayi sagêd luwar, biyungipun wilujêng, nanging badanipun lajêng prasasat tanpa daya. Jangkêp 50 dintên inggih lajêng dumugi ing tiwas. Dhuh, mêmêlas sangêt.

Para maos mugi sampun kalintu tampi, anggalih manawi kula angawon-awon dhatêng dhukun Jawi, makatên wau botên pisan-pisan. Ing ngriki kula namung pasaja, ngaturakên punapa ingkang sampun kula sipati. Kula pitados, dhukun Jawi ingkang mangrêtos inggih wontên, ingkang pêng-pêngan saèstu inggih wontên. Mila pangajêng-ajêng kula, sintên ingkang ambêtahakên dhatêng dhukun Jawi, kêdah mulat, sampun namung anggêr dhukun, kêdah milih ingkang mangrêtos saèstu, ingkang sampun kacihna lêlabêtanipun.

--- 60 ---

Ing samangke gêntos bab pitulunganipun frudfro. Sasampuning nitipriksa, sêmunipun frudfro sampun sumêrêp, wanci punapa badhe lairipun jabang bayi. Ing ngriku wêtêngan kula pundi ingkang sakintên dèrèng lêrês, kalêrêsakên. Kula tilêman sasêkeca kula wontên ing salêbêting sênthong katutup, namung kalihan frudfro, saha tiyang sêpuh kula èstri, prêlu mitulungi manawi wontên damêlipun. Toya angêt sampun cumawis, pirantosing frudfro pêpak. Sarêng sampun kraos nêdha uwat, kula mapan sasêkecanipun miturut pranatan. Sasampuning jabang bayi lair, sakala pusêripun kagunting, botên mawi ngêntosi wêdaling ari-ari, pun jabang lajêng dipun upakara ngantos rampung, dene kula ngaso, sarampunging ngupakara jabang bayi, kalêrês pusêr kula dipun uyêg-uyêg alon mawi èpèk-èpèk, botên dangu ari-ari lair. Badan kula lajêng dipun seka ngangge toya angêt ngantos rêsik, pangangge dipun santuni, tuwin salajêngipun, makatên wau kalihan tilêman kemawon.

Badhe kasambêtan.

Nyi: Darma Prawira.

Sinjang Rujak Senthe

Sinjang rujak senthe punika lugunipun udan riris latar pêthak, dados bangsaning garis miring. Umumipun sinjang rujak senthe punika dipun rêmêni ing para wanita, awit wujudipun sae, sagêd sumêblak, manawi sêpuh soganipun katingal mramong, manawi ênèm soganipun katingal rêsik, nanging mênggahing wujud sae ingkang soganipun sêpuh.

Sanadyan sinjang rujak senthe punika bakunipun latar pêthak, nanging luwêsan purun dipun anggèni rasukan ingkang dhêdhasar tuwin sêkaran punapa kemawon.

Nama rujak senthe punika manawi mêndhêt saking luguning têmbung botên atêgês sae, awit senthe punika gatêl, tamtunipun manawi dipun rujak botên eca. Nanging wontên ingkang nêgêsi, rujak senthe punika kangge pasêmon, bilih sinjang wau agêming para bandara, (bangsaning parang rusak), môngka ing ngriku isi sêratan warni-warni, bangsanipun ingkang anggatêli tumrap ingkang botên wênang ngangge. Namung ing sapunika pinanggih kantun saenipun.

[Grafik]

--- 57 ---

No. 15, 10 April 1938, taun IX

TAMAN BOCAH

INGKANG NGÊMBANI BU MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CENTRUM, RÊGANE SATAUN F 1.50 KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN. BAYAR DHISIK LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.

MANGSULI LAYANG

S. Saring p/a Toko Westerling, Magêlang. Layangmu isi karangan wis daktampa, ora liya bangêt panrimaku, dakpikir-pikire dhisik, kapacak utawa orane.

Katijah c/o Soedarsa, Badran, Solo. Pitêpunganmu wis daktampa kanthi bungah. Sukur dene kowe arêp milu lêlumban ing Taman Bocah.

Soekardanoe, Leerling 7e kl. H.I.S. Trênggalèk. Kirimanmu lêlucon wis kêtampan, nanging aja pisan dadi atimu ya, ora bisa kapacak. Coba ngirimana karangan liyane kaya ta dêdongengan, dolanan kang luwi apik.

Amin p/a Joenoes, Poncol No. 23, Sêmarang. Pêrkara kowe isih dikirimi, kuwi dudu tanggunganku. Yèn kowe arêp pitakon bab iki, bêcik nglayangana administratie. Yèn Bu Mar ora kapasrahan bab pangirime T.B. dadi ora wêruh bab iku mau.

S. Ekasedijawati. G. Sêpanjang. Aku wis tampa layangmu pitêpungan lan nandhakake kasênênganmu maca isining T.B. Mula eman bangêt, dene kowe lagi ngrêti saiki, dadi kokira Bu Mar kuwi mung apus-apusan bae, we la kojur! Kapan kowe ngirimi layang manèh nyang Bu Mar milu nguruni isèn-isèn ing T.B.?

M. Satrijani, Blitar, Karcismu wis daktampa, nanging karangan² durung. Pancène adrèsmu wis arêp dakkirimake nyang Sri Sasanti, nanging barêng kowe nyêthakake manawa aja kapacak ing T.B. mula ya ora sida, dadi mung njaluk adrèse Sri Sasanti. Ach kok ana-ana bae, kowe kuwi.

Prapta, Blitar. Aku wis tampa pitêpunganmu, bangêt panarimaku. Kowe ora susah wêdi² milu urun² ngisèni T.B. Ora mung kowe bae sing wêton saka pamulangan Vervolgschool, akèh kancamu. Sing ngisèni T.B. kuwi ora dakpilih wêton pamulangan dhuwur. Sapa sing gêlêm milu urun ya kêna, mêngko kari milihi, sing kira² pantês kapacak. Sanadyana saka pamulangan Mulo pisan, yèn karangane ora apik ya ora kapacak, saka pamulangan Vervolgschool, yèn apik ya kapacak. Dadi kowe ya coba² milua urun dongèng utawa liyane.

Sri Sasanti, Surakarta. Aku njaluk adrèsmu sing cêtha, awit M. Satrijani arêp kirim layang nyang kowe.

Soetikna, Blitar. Aku bungah tampa layang pitêpungan saka kowe lan kowe gêlêm mblakakake panêmumu bab karangane Uncle Sum. Pancèn wiwit Sêtu buri wis ora dakpacak manèh, jalaran ana uga sing ngirimi layang kaya kowe kuwi, ora ngrêti lan sapanunggalane. Yèn kowe arêp milu urun ngisèni T.B. iya prayoga, coba² idhêp² kanggo sinau, ora susah wêdi², nanging poma aja tansah nyritakake awake dhewe, mundhak sing maca gêla, bosên.

Waidjah, Sêmplon, Magêlang. Yèn kowe arêp tuku buku "Widurileergang," iya mung ngirimi dhuwit nyang Bale Pustaka f 0.80, dene sing maragadi Bale Pustaka dhewe.

Mustikawati, Subah. Bangêt panrimaku kowe ngabari Bu Mar, yèn Sri Dadijah kasripahan ibu lan kangmase. Upama kowe ora ngabari, aku ya durung krungu, jalaran Sri Dadijah dhewe durung kobêr ngirimi layang nyang aku. Wah kok mêsakake têmên, ya!

Parikêsitty, Blitar. Bangêt bungahku, dene kowe mêrlokake ngirimi layang pitêpungan nyang Bu Mar. Nanging aja pisan dadi atimu, karanganmu ora bisa kapacak, coba gawea liane sing luwih apik, ibumu tansah ngarêp-arêp layangmu manèh.

Kadarwati, Magêlang. Sarèhne saiki aku lagi kêbanjiran têmbang-têmbang, mula kirimanmu karangan daksipmên dhisik, gêntenan papan.

Mochamad Madijana, Têmanggung. Kowe mangkono uga, sarèhne Bu Mar lagi kêbanjiran rêrêpèn, kirimanmu daksimpên dhisik, bêsuk gêntênan papan.

End. Rêsminingsih. Yèn kowe arêp njaluk katrangan bab pambayar lan nomêr², bêcike ngirimana layang nyang administratie. Sukur dene kowe arêp milu urun-urun ngisèni T.B. Yèn ngirimi karangan cêndhak nganggo postblad ya cukup, dene yèn dawa nganggo pranco f 0.10 ditulis "Document," lan aja ditutup (dilim).

Layang liya-liyane bakal dakwangsuli Sêtu ngarêp.

Bu Mar.

--- 58 ---

JOGÈD TAYUB BOCAH LANANG

[Grafik]

Ing dhuwur iki bocah-bocah saka "Paguyuban Bêksa Anak-anak" lagi padha mitongtonake jogèd tayub. Ing Salatiga ketoke bocah-bocah padha ngajokake bangêt nyang kagunan Jawa. Malah wiwit sasi Pèbruari bocah-bocah P.B.A. padha sinau wirèng.

Saka kiwa 1 Tjiep Sing Tan Giok Ien, 2 Wijoso Soekahar, 3 Soedarmadi Mangoenatmadji, 4 Kismojo Kismadi.

KATRÊSNANING SÊDULUR

Ana sawijining wong Turki kang dadi batur tukon. Dhèwèke srêgêp bangêt. Lêt sawatara taun dhèwèke bisa nglumpukake dhuwit f 500.- banjur sowan bêndarane, dhuwit mau dicaosake prêlu kanggo nêbus kakange kang uga dadi batur tukon ing kono.

Bêdarane takon: "Genea kok ora koenggo nêbus awakmu dhewe?"

Wangsulane: "Kakang kula punika tiyang botên gadhah kasagêdan, punapadene botên badhe sagêd kêklêmpak arta ngantos sagêd nêbus awakipun piyambak. Sarêng kula, manawi nyambutdamêl, sawatawis taun malih, mêsthi badhe sagêd ngêmpalakên arta kangge nêbus badan kula piyambak.

Barêng bêndarane krungu kang mêngkono mau ing batin ngalêm bangêt marang katrêsnane wong mau, marang sêdulure. Wong loro banjur dimardikakake kabèh.

Froggie, Purbalingga.

GUNUNG KÊLUT

Nalika taun 1919 Gunung Kêlut njêblug, ngêtokake lahar, nganti gawe karusakan akèh bangêt. Tumêkane dina iki gunung mau isih kumêlun mêtu kukuse kayadene Mêrapi. Mirid dongèng babad, panjêbluge Gunung Kêlut mau wis dipêsthèkake, sabên 4 taun, dene mula bukane mangkene:

Sang Nata Brawiidjaja kagungan putra putri, asma Dèwi Sêkar Kêdhaton. Wis akèh putra liya nêgara lan satriya-satriya kang nglamar, ananging durung ana kang kêtampan. Pawarta mau kêprungu dening Prabu Maesasoera, ratu sêkti Binatara ing Blambangan. Sang nata banjur tindak ngêbun-êbun esuk, ngudan-udan sore.§ Têtêmbungan iki karêpe wangsalan. Êbun esuk iku jênênge: awun-awun. Udan sore iku jênênge: rêrabi. Satêkane ing Mojopait banjur sowan Prabu Brawidjaja, ananging sarèhne Nata Majapait wêdi marang kasêktène Maesasoera, dadi ora wani nampik, banjur nganakake sayêmbara. Yèn sajrone têlung dina bisa ndhudhuk sumur ana pucake Gunung Kêlut, nganti mêtu banyune, Maesasoera iya bakal kaganjar Dèwi Sêkar Kêdhaton.

Ratu Blambangan wiwit nyambutgawe, ndhudhuk sumur. Wis rong dina suwine, durung mêtu-mêtu banyune, mangka wis jêro bangêt. Sang nata tansah kuwatir, yèn nganti têlung dina ora mêtu tuke mêsthi nêmahi pati, katigas janggane. Dina kang ping têlune mêksa durung mêtu banyune. Prabu Brawidjaja mriksani saka ing pucak didhèrèkake abdi pirang-pirang. Ing galih rada kuwatir, yèn nganti bisa mêtu banyune, putrane mêsthi digarwa Maesasoera, ing mangka Prabu Brawidjaja gêthing marang Ratu Blambangan, lah wong sirahe êndhas kêbo, dadi ora rupa manungsa, asungu barang, ananging kasêktène angungkul-ungkuli. Saka ing pucak sing ketok mung bolongan jêro bangêt, pêtêng ndhêdhêt, sing kêprungu mung ambêgane Prabu Maesasoera. Dumadakan Prabu Brawidjaja mirêng surake Maesasoera, alok yèn krungu banyune têka.

Prabu Brawidjaja ajrih ing galih, abdi-abdi banjur didhawuhi ngurugi sumur Gunung Kêlut nganggo watu sakiwa têngêne. Maesosoera kurugan watu ora bisa uwal, mati ing sajroning sumur. Ora lêt suwe Prabu Brawidjaja mirêng swara:

E, Brawidjaja, ratu ala, rasakna piwalêsku. Anakmu Sêkar Kêdhaton ora olèh takgarwa, lah kokmatèni Ratu Blambangan. Sabên patang taun sapisan aku ngêtokake lahar gêni, watu, nagaramu Majapait bakal tumpês, saka panjêbluge Gunung Kêlut.

Sis, Ngayogya.

--- 59 ---

MULA BUKANE ANA JÊNÊNG GÊDHANG KLUTHUK

Dhèk jaman kuna, mbarêngi karo adêge Candhi Prambanan, ing tanah Jawa kene isih akèh alase kang gêdhe-gêdhe.

Setan roban, dhêmit pri prayangan, dhanyang panyêyêngan lan widadari ya isih akèh.

Ing sawijining alas kang gêdhe-gêdhe iku mau, ana alas siji kang sinêngkêr ing para widadari. Dene prênah panggonane ing tanah Jawa Têngah, yaiku kang diarani alas gêdhang. Mulane diarani alas gêdhang, jalaran ing kono akèh wite gêdhang. Gêdhange gêdhe-gêdhe tur lêgi-lêgi lan gandane ya arum. Sapa wonge sing mangan mêsthi tuman takon tunggale, lagi wêruh rupane bae, kalamênjinge wis baris, munggah-mudhun, songkolan, nandhakake yèn kêpenging. Ing alas gêdhang iki mau, uga akèh munyuke. Barêng para widadari ngrêti yèn gêdhange sok dicolongi si munyuk, banjur padha digusahi dikon lunga saka alas gêdhang mênyang alas liyane, awit para widadari padha sumêlang, manawa ora kumanan wohe gêdhang kang sinêngkêr mau.

Kocapa munyuk-munyuk barêng digusah banjur padha pating blêngong glarahan, ngulandara padha golèk alas kang kirane kêna diênggoni sasuwene ana ing alam donya. Ora suwe banjur nêmu alas cilik, padunungane ora pati adoh saka alas gêdhang mau. Nanging wowohan mèh ora ana, mulane ditêba sasasi bae wis êntèk, banjur pating blulung ngupaya pangan, nanging ora ana siji-sijia kang olèh woh gêdhang. Paribasan: lunga ngetan bali ngulon, tiwas edan ora kêlakon. Ing sawijining dina panganjure munyuk-munyuk mau nglumpukake kancane kabèh gêdhe cilik nom tuwa lanang wadon. Panganjur munyuk banjur nyaritakake wiwit mêtune saka alas gêdhang nganti saiki sarta anggone kêlara-lara.

Dumadakan banjur takon marang kanca-kancane: "Kapriye kanca-kanca, karêpmu saiki, ing kene wis ora ana gêdhang ora ana pangan, kowe kabèh mêsthi padha mati kalirên. Aku saiki nekat yèn padha gêlêm lan cocog êndang lakonana, yaiku padha ngrampungi widadari, kabèh ditumpês aja ana kang kari siji-sijia. Kêbangêtên gone siya-siya, ora ngrêti sapadha-padhaning tumitah, dumèh kinacèk karo sapadha-padhaning titahing Pangeran."

Ana munyuk tuwa nyêlani: "Mêngko ta mêngko, aja guru-guru ngumbar hawa nêpsu. Wis jamak lumrahe yèn awake dhewe siningkang-singkang mring pra widadari, sabab padha dene golèk gêdhene wêtêng, mangka awake dhewe dhasar kalah, arêpa muni-muni wani kae ya kalah. Mula saka pamrayogaku mêngkene bae, ayo saiki padha golèk klênthêng sing akèh, mêngko bêngi yèn widadari wis padha turu, padha digrumut, gêdhange padha diisèni klênthêng. Yèn widadari mangan, banjur nanggori klênthênge rak nuli dilêpèh, awit ora doyan." Para munyuk kabèh padha mupakat.

Wayahe srêngenge surup, kêthèk-kêthèk wis padha nglumpuk kabèh. Ing têngah wêngi padha mangkat. Barêng wis têkan ing alas gêdhang, banjur tumandang kabèh, gêdhang padha diisèni klênthêng ora ana kang kliwatan. Sawise rampung nuli padha mulih.

Kocapa sawiji dina gêdhange ana sing matêng, para widadari gugup anggone arêp mangan, nanging... nanging... barêng mangan kêmluthuk akèh isine, mangka maune tanpa ana isine siji-sijia. Padha ora doyan, banjur padha ngalih saka alas gêdhang kono mênyang alas liyane kang prayoga diênggoni para widadari kabèh. Barêng kêthèk-kêthèk krungu lan ngêrti yèn para widadari wis padha lunga, banjur padha ngalih mênyang alas gêdhang kabèh.

Têkan ing kono rêbutan nggone arêp mangan, awit wis suwe ora wêruh rasane gêdhang. Swarane pating klêthuk mbrêbêgi kuping, banjur diarani "gêdhang kluthuk" nganti saprene.

Handojo, Paninggaran.

NGARAHAPA

I.

Hèh pra mitra piyarsakna | Lamun sira sayêkti amarsudi | Nggayuh geyonganing kayun | Kayungyun dadya tama | Dèn tabêri nastiti lawan tuwajuh | Aywa sira Ngarahapa | Supadya tulus utami.

II.

Sêdyakna dèn kongsi bisa | Kalakone nggonira amarsudi | Ywa pisan-pisan sirèku | Kêcandhak ing lêlara | Ngarahapa sayêkti pênyakit ampuh | Tumrap mring kang puruhita | Ingkang nambut-karya ugi.

III.

Tumrap mring kang puruhita | Ngarahapa wis njalari kèri | Sabarang wulanging guru | Wêkasan datan bisa | Nyêmbadani kudanganing tiyang sêpuh | Putra kinèn puruhita | Supadya dadya utami.

IV.

Dene lamun nambut-karya | Aja pisan sirèku darba pikir | Ngarahapa dadi racun | Kathah tuladhanira | Dèn pracaya nyêkêl arta karyanipun | Ngarahapa ngangge arta | Dadi buroning pulisi.

Sri Palupi, Solo.

--- 60 ---

ANANE DÊGAN DADI DULANG BAYI

Ing jaman biyèn ana sawijining satriya putra ratu ing Jênênggala jêjuluk Radèn Sêputra kagungan garwa endah ing warna kêkasih Dèwi Limaran.

Kacarita Dèwi limaran wus anggarbini ênèm dhatêng sakarone tansah sih-sinisihan. Ing sawijining dina sang putri katarik anggone anggarbini mau, kêpenging bangêt kagungan dolanan kidang kêncana. Radèn Sêputra bangêt prihatos anggalih panyuwune sang putri. Upama ora dituruti mêmêlas amarga sang putri tansah ngêmbêng waspa, nanging upama anurutana gèk ing ngêndi panggonane kidang kêncana. Pêpuntone Radèn Sêputra nekad karsa lolos saka kasatriyan. Sang putri priksa karêntêging panggalihe Radèn Sêputra. Barêng Radèn Sêputra miyos ing wayah têngah wêngi sang putri nututi sapurug-purug.

Satêngahing alas tarataban, Radèn Sêputra kraos sayah, nuli lèrèh ing sangisore wit gurda. Ing kono priksa saklebatan playune kidang mawa cahya. Mungguh panggalihe Radèn Sêputra mangkene: "E, ladalah, bokmanawa iki kang dadi idham-idhamane garwaku. Kidang aja kagèt, ya sanadyan mlayua mênyang Suralaya aku bakal nututi lakumu, êntènana aku!" Barêng Radèn Sêputra mênyat saka palênggahan nêdya nututi lakune kidang mau, kêsaru panjêrite sang putri saka ing buri: "Dhuh kakangmas, kula botên sagêd kantun." Radèn Sêputra kagèt mirêng panjêlihe sang putri, nuli ngraos sarirane kaya dilolosi, sêpisan anggalih wêlas marang kang garwa, kapindhone ngrumaosi bakal koncatan lacaking kidang kêncana.

Pangandikane Radèn Sêputra: "O, yayi mêmêlas bangêt dene kowe kêraya-raya milu nusup-nusup ing alas kene. Aku ora nêdya ngoncati kowe, bakal nggolèki kang dadi pamundhutmu, yayi. Wus mênênga dakkira ora bakal suwe kidang kêncana ana ing astamu. Dhèk mau aku wêruh kumlebat ana ing ngarêpku, arêp dakburu kasaru panjêritmu."

Pangandikane Radèn Sêputra: "O, yayi mêmêlas bangêt dene kowe kêraya-raya milu nusup-nusup ing alas kene. Aku ora nêdya ngoncati kowe, bakal nggolèki kang dadi pamundhutmu, yayi. Wus mênênga dakkira ora bakal suwe kidang kêncana ana ing astamu. Dhèk mau aku wêruh kumlebat ana ing ngarêpku, arêp dakburu kasaru panjêritmu."

Radèn Sêputra bêbarêngan karo Dèwi Limaran nuli nusup-nusup ing alas kono, barêng wus rada sayah, karo-karone padha ngawuningani kumlebating kidang kêncana rêrikatan. Radèn Sêputra enggal-enggal arêp nututi kidang mau, nanging ora bisa, amarga sang dèwi ora bisa lumayu rêrikatan. Wusanane kidang ilang manèh, lumêbu ing sajroning grumbul. Radèn Sêputra kakên pênggalihe.

Dèwi Limaran arêp ditinggal ora kêrsa sarta uga nguwatiri upama pisah karo panjênêngane, ananging upama ora pêpisahan mêstine langka bisane nyêkêl kidang kang luwih dening kêsit mau, têmahan karo-karone padha tansah tangis-tangisan. Adrênge Dèwi limaran bisane entuk kidang mau nganti prasêtya aluwung seda katimbang ora bisa katurutan kêrsane. Anglês raosing panggalihe Radèn Sêputra dene durung ana wêwêngan saka ingkang Murbèng Dumadi kapriye mungguh bisane kasêmbadan apa kang dadi karsane garwane. Sakarone wis padha sayah amarga wus têlung dina ora padha dhahar, mangkono uga tansah ora bisa sare amarga saka kèhing buron galak kang tansah saliwêran ana ing sacêdhake kono. Sajatine sakabèhing buron galak mau, kabèh babarpisan ora padha duwe karêntêg arêp munasika gêdhene mangsa marang raja putra sakarone, malah mungguh tataha padha manêmbrana marang Radèn Sêputra sêkalihan, têmbunge: "Dhuh radèn têka mêmêlas arsa kawontênan paduka sakalihan wontên ing padunungan amba ngriki. Punapa ta ingkang dipun karsakakên, mugi karsa dhawuh dhumatêng pun abdi, mangke pun abdi ingkang sagah anyêkapi punapa ingkang dados pamundhut panjênêngan." Iku ature si macan gembong karo anggêro sêsêngoran agawe mrindinge githok. Mangkono uga patrape macan utawa kewan galak liya-liyane pating glêrêng agawe judhêging panggalihe Radèn Sêputra.

Dene para ibêr-ibêran sapanunggalane ana sing gawe kumpulan kayadene "muziekvereeniging" kayadene bocah-bocah yèn pinuju kumpul padha anggawa suling, gitar, mondharmonica lan sapanunggilane banjur padha diunèkake, sanadyan wêtune swara rada ora kêpenak, nanging mungguh kanggo kupinge kang nglakoni ya wus rumangsa apik. Mangkono uga para manuk-manuk mau pating cruwit agawe lilihe Radèn Sêputra sêkalihan, nadyan ora ngrêtos kêkarêpane manuk-manuk mau, tinimbang mirêng panggêmbore macan aluwung mirêngake swarane manuk-manuk mau. Si kokok bêluk uga ngaturi urmat, panggraitane: "Mêsthi-mêsthine wong bagus bangêt ngêlihe. Upama dakkirim panganan siba bungahe." Sanalika iku dhèwèke mumbul ing awang-awang milang-miling mangisor. Kabênêran wêruh ana ula kayu pinuju mangsa kodhok. Wah bêgja kamayangan manawa ula disaut, kodhok mêsthi katut.

Ula kanggo wong bagus, kodhok kanggo wong ayu. Sawuse ula kêna digondhol kokok bêluk, banjur diruntuhake ing ngarsane Radèn Sêputra sêkalihan, têmbunge si kokok bêluk mungguh tataa: "Mangga radèn, suwawi kadhahar luwung kagêm sarat ngêlih." Dene wêtune swara ya mung "gugug-bêlug" bae. Radèn Sêputra sarta ingkang garwa kamigilanên amriksani kaanan kang kaya mangkono mau.

Ana candhake.

--- [469] ---

Ôngka 31-32, Rê, Kli, 19 Sapar, Jimawal 1869, 20 April 1938, Taun XIII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan... f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Gupernur Jendral Ostraliyah

[Grafik]

Paduka Gupernur Jendral Lord Gowrie (gambar tengah ngagêm topi) sakalihan nyonyah nalika mandhap nitih motor mabur wontên ing setatsiun gegana ing Cililitan saking Kalijati, Subang.

--- 470 ---

Pajagèn Bêbaya ing Gêgana

Gas racun kangge dêdamêl pêrang

Sambêtipun Kajawèn nomêr 29

Saking dayanipun: phosgeen utawi perstof kulit kanthongan wau dados sakit, wusana botên namung koolzuur ingkang mêdal saking rah dhatêng kanthongan salêbêting paru, nanging ugi toya bageaning rah.

Toya wau sagêd angêbaki paru, kadosdene kawontênanipun tiyang kêlêlêp ing toya. Ambêkan rêkaos, wusana badan kirang zuurstof. Tiyang ingkang nandhang lajêng tiwas saking kêplêpêkên botên sagêd narik napas. Limrahipun tiyang ingkang kenging racun punika warninipun biru abrit, lan bingung anggènipun badhe ambekan, tangan lan sukunipun grayangan lan kathekeran, watuk, ngangsêg-angsêg, lambe dados bawuk kados awu. Manawi botên katulungan pêjahipun tiyang ingkang sakit wau salêbêtipun 48 jam. Mênggah panolakipun bêbaya punika, ing wingking badhe kula terangakên ingkang langkung cêtha. Ing ngriki kula badhe nyukani pêpèngêt sakêdhik.

1. Gas bom punika warninipun ingkang kathah kados sêmprong, panjêblugipun botên sora, awit dhinamitipun sakêdhik, lan kulitipun tipis, dados tiyang sadaya enggal angyêktosi.

2. Gas punika langkung awrat tinimbang hawa, dados lajêng mêndhêkmandhêg. lan sadaya luwangan lan bolongan ing siti kisèn. Dados manawi wontên gas racun, sampun ngantos lumêbêt ing luwangan.

3. Manawi tiyang kalimput ing gas, sampun lumajêng, malah sasagêd-sagêd nahan ambêkan. Mripat, irung lan cangkêm dipun tutupi montên rangkêp, dipun têlêsi mawi sêne utawi toya. Punika sampun kathah pitulungipun. Sasampunipun lajêng lumampah alon mêdal saking lêlimputaning gas racun wau.

Èngêta sampun ngantos tumut lampahing angin, nanging nrajanga angin, awit lampahing gas wau manut lampahing angin. Sasampunipun dumugi ing sajawining gas lajêng kèndêl tilêman, ngêntosi pitulungan. Awit lumampah lajêng, atêgês ngêncêngakên padamêlanipun paru, dados risaking paru sagêd kadadak. Lumajêng dipun awisi, awit tiyang lumajêng punika napasipun ambal kaping nêmipun tiyang kèndêl. Dados lumêbêtipun racun inggih kathahipun ambal kaping nêm.

4. Panulungipun kapisanan

a. Tiyang ingkang kenging gas, sampun suka lumampah, kêdah dipun gotong.

b. Dipun kêmuli, lan sampun ngantos kenging angin.

c. Manawi wontên, mripat dipun rambang, cangkêm dipun kêmoni, irung dipun rêsiki, mawi dubbelkoolzure soda 3-5%, botên wontênipun mawi toya rêsik.

d. Dipun ombèni kopi angêt, manawi botên wontên ombèn-ombèn sanèsipun ingkang angêt-angêt.

Kaping kalih:

Golongan gas-gas ingkang adamêl raos pêdhês,

--- 471 ---

[Iklan]

pating trêncêm lan bêntèr wontên ing kulit, irung, mripat, cangkêm (prikkelende gassen).

Gas-gas golongan punika kenging kabedakakên dados kalih, inggih punika:

1. Gas ingkang sagêd damêl ngucuripun luh ing mripat, (broomderivaten), tanpa warni. Tiyang ingkang kenging gas punika mripatipun lajêng kraos sakit, dados abrit lan ambêndhul, botên tahan kangge ningali pêpadhang, punapa malih luhipun lajêng ngucur. Manawi rai dipun tutupi mawi topèng (gasmaske) kulit ingkang botên katutupan kraos pating trêncêm.

Saenipun gas punika botên mutawatosi. Manawi tiyang sampun saking limputan gas, enggal sagêd mantun.

2. Gas ingkang adamêl wahing (arsinen), warni pêdhut sangêt. Manawi wontênipun gas wau ing hawa namung sakêdhik, tiyang sampun sagêd mangrêtos, awit gas wau namung sagêd damêl raos pêdhês sakêdhik wontên ing irung, lan angêdalakên toya, ugi asring sampun adamêl wahing. Manawi wontênipun gas wau ing hawa kandêl, tumanjanipun rikat, awit saking anggêgêtipun gas punika ing kulit alus salêbêtipun irung lan cangkêm. Wusana anuwuhakên wahing, watuk, idu saking cangkêm kumocor, irung mêdal toyanipun, malah ing dhadha, sawingkingipun balung dhadha kraos sakit sêngkrang-sêngkring, dhadha sêsêg, ngêlu lan mutah.

Botên namung sirah kraos mumêt kemawon, malah pating crêkot ugi, inggih punika ing perangan bathuk. Saking bathuk, sakit punika ngantos sumrambah damêl linu untu-untu lan baêm-baêm, utawi [u...]

--- 472 ---

[...tawi] malih sakit ing salêbêtipun kuping.

Tiyang ingkang kataman gas punika limrahipun lajêng gadhah raos ajrih, lajêng bingung, wusana lumajêng. Sasampunipun têtiyang wau dumugi sajawining limputan gas, raos sakit warni-warni punika enggal ical, botên wangsul malih.

Gas punika ing pêrang donya taun 1914-1918 ingkang ngangge pêcak pisan bôngsa Jêrman. Tiyang Prancis lan Inggris ing wêkdal punika sampun sami ngangge topèng, amargi hawa mawi saringan ngangge arêng lan barang ingkang kangge nyawurakên chloorpicrine, phosgeen lan perstof (mriksanana gas golongan kapisan) saringan wau botên sagêd nyaring arsinen ingkang awujud pêdhut. Mila gas punika rumiyin kawastanan: maskenbrecher. Ingkang atêgês pirantos kangge ambutulakên topèng. Dene nganggenipun dipun sarêngakên kalihan gas-gas golongan kapisan ing nginggil punika.

Prajurit Prancis, Inggris topèngipun kalêbêtan gas-gas arsinen sami wahing lan nandhang sakit, wusana ambikak topèngipun, punika dados tiwasipun, awit chloorpicrine, phosgeen lan perstof ingkang dipun sarêngakên lajêng sagêd lumêbêt sarêng napas.

Pêpèngêt.

1. Broomderivaten (gas ingkang tumanjanipun damêl sakit mripat lan angêdalakên êluh), punika awujud toya tanpa warni.

2. Arsinen (gas ingkang anuwuhakên wahing), awujud pêdhut pêthak ingkang alus.

3. Gas ing nginggil wau botên anggônda caporiet, bleekpoeder (chloorpicrine) bosokan sukêt, bosokan sawo manila, bawang (phosgeen) kados kasêbut ing gas bagean sakawan.

4. Ewadene manawi kalimput ing gas-gas punika sampun lumajêng, bokmanawi wontên campuranipun gas-gas sanès. Dados prêlu nahan napas, cangkêm, mripat katutup montên têlês lajêng lumampah mêdal saking limputan gas, èngêt lampahing angin. Manawi tiyang botên sagêd enggal lumajêng nyingkiri bêbaya, langkung sae andhawah mangkurêb ing siti sarwi nguncêmakên irung saha cangkêm ing salêbêting wêdhi.

5. Kangge pitulungan:

a. Mripat dipun rambang mawi dubbelkoolzure soda 3.5%, boorwater, botên wontênipun toya rêsik.

b. Irung dipun rêsiki mawi dubbelkoolzure soda utawi hypermangaan-oplossing (1/4000).

R. Pringgadiharja,

Leider gas sectie G.G.D. Bat.

Pawartos saking Redhaksi

K. 4885 ing Pringsurat. Manawi pancèn botên gadhah badhe linêpatakên ing bayaran, kanthi katrangan saking pulisi.

K. 4885 ing Gêndhingan. Pandangu panjênêngan dintên Sêtu Lêgi Ehe 1836 tanpa wulan, punika ing salêbêtipun sataun kathah, wulan punapa.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 4538 ing Pasrêpan. Tanggal 7-2-'38 sawêg maringi tumrap 1e kw. '38, botên pikantuk.

Lêngganan nomêr 3153 ing Plôsa. Lêngganan kapetang wiwit 1-2-'38. Botên angsal.

Lêngganan nomêr 2508 ing Pêmalang. Jawi ngangge kasêkarakên.

Lêngganan nomêr 2534 ing Grati. Botên pikantuk.

Lêngganan nomêr 1272 ing Gondhang. Botên sade.

Lêngganan nomêr 3365 ing Walikukun. Tumrap kuwartal 3-1938.

--- [473] ---

[Iklan]

--- 474 ---

Bab Kasarasan

Ngemba rekadayanipun Dr. L. Pasteur.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 28.

Sasampunipun kapal wau dipun suntik, ing sawatawis dintên lajêng sagêd thukul anti-toxin ing êrahipun. Êrahipun kapal ingkang sampun ngandhut anti-toxin wau, dipun pêndhêt sakêdhik-sakêdhik, dipun ênêpakên, têmtu toya êrah (bloedvocht-serum) lajêng sagêd misah saking êrah (bloedcellen).

Toya êrah (bloed-serum) punika dipun rêsiki utawi dipun olah sagêd dados anti diphtherie-serum (anti-toxin).

Yèn ingkang sakit diphtheritis sanalika utawi tumuntên dipun suntik serum anti-toxin punika, ingkang kathah sami katulungan sagêd saras blas.

Ing taun 1895, Dr. Pasteur seda, inggih ing wêkdal punika para dhoktêr nêmbe kenging ngangge serum punika kangge anjampèni têtiyang ingkang sami sakit wau. Nanging kala samantên ingkang sakit namung dipun jampèni serum punika, ingkang pêjah taksih wontên 50%. Lan gangsal taun malih ingkang pêjah mandhap namung 12%. Ing samangke sarêng jampi serum wau sampun dipun olah langkung sae lan langkung mandi, ing pundi-pundi apotheek sampun wontên, ingkang sakit dipun jampèni mawi suntikan punika sok ugi botên kasèp, sagêd saras blas.

Ewadene taksih kathah sêsakit nular ingkang botên katingal utawi botên pinanggih baksilipun, ingkang kenging kapêndhêt êrahipun, nanging dèrèng utawi botên kenging kadamêl serum anti-toxin nipun, sanajan lampah-lampahipun sêsakit wau sami.

Para dhoktêr samangke sampun sagêd nitik, kathah sêsakit ingkang nular, ingkang botên katingal baksilipun, sarana êrahipun ingkang sakit, yèn kapriksa ingkang saèstu, katingal ewah utawi risak. Ewah utawi risaking êrah punika, kenging kadamêl ancêr-ancêr utawi wêwaton kangge nanggulangi sêsakitipun, awit kathah sêsakit ingkang nular, sanajan lêrês wontên sêsakitipun, nanging botên wontên tôndha-tandhanipun (verschijnsel) ingkang cêtha kangge nêtêpakên sêsakitipun.

Mila inggih kalêrêsan, dene ing êrahipun ingkang sakit wau katingal ewah utawi risak, dados dhoktêr gadhah gendholan utawi cêpêngan, yèn ingkang sakit êrahipun ewah makatên, dhoktêr lajêng sagêd nêtêpakên sêsakitipun punika wau.

Sêsakit ingkang mèh sabên tiyang mangrêtos, nanging wadoskados. botên kenging dipun ucapakên ing pasamuwanipun para priyantun ingkang susila (fatsoenlijk gezelschap) inggih punika sêsakit raja singa (syphilis).

Tiyang ingkang kataman sêsakit syphilis wau asring ngantos taunan botên katawis utawi botên katingal sêsakitipun, nanging anggènipun ngrêbda utawi ngrisak dhatêng badanipun ingkang sakit tansah lêlajêngan.

Dr. Wassermann (Duitsch) gadhah pamanggih lan manggihakên [manggih...]

--- 475 ---

[...akên] rekadaya, yèn êrahipun ingkang sakit syphilis punika priksa Wassermann reactie sagêd nêtêpakên sêsakit syphilis utawi botên, pathokanipun, yèn ing êrahipun ingkang sakit syphilis punika wontên satunggiling dat (stof) ingkang gadhah daya, samôngsa êrah wau dipun lêbêtakên ing êrahipun menda ingkang saras, dat abrit (roode bloedcellen) ing êrahipun menda wau sagêd risak utawi sirna. Mila makatên, awit êrahipun menda wau, yèn dipun momori êrahipun tiyang ingkang saras utawi ingkang botên sakit syphilis, botên ewah botên punapa-punapa. Ingkang makatên punika anjalari asmanipun Dr. Wassermann wau ing golongan para dhoktêr lajêng misuwur sangêt lan botên sagêd sirna.

Ing suwau sadèrèngipun wontên Wassermann reactie, cêkakanipun (W.R) dhoktêr botên sagêd nêtêpakên punapa saèstu sêsakit syphilis utawi botên, awit sadaya namung kintên-kintên kemawon, langkung-langkung samôngsa tôndha-tandhanipun ing (stadium I) sampun ical, lan ing jawi botên katingal cacad-cacadiun ing kulit utawi sanèsipun, makatên ugi tiyang utawi dhoktêr botên sagêd mastani ingkang sakit sasampunipun dipun jampèni punapa saras saèstu utawi botên, awit tiyang jalêr ingkang sakit syphilis ingkang dèrèng saras punika ambêbayani tumrap anak semahipun.

Samangke sasampunipun wontên W.R. punika malah botên wontên sêsakit sanèsipun ingkang langkung sampurna utawi patitis anggènipun nêtêpakên sêsakitipun, kajawi sêsakit syphilis wau.

[Iklan]

Mila ing suwau kathah sêsakit ingkang dipun wastani sêsakit warni-warni, nanging sajatosipun punika thukulipun sêsakit-sêsakit ingkang jalaran saking wisanipun syphilis, kados ta: sakit ing sirah ingkang lami botên sagêd saras, sakit botên sagêd tilêm, sakit balung linu ing wanci dalu, sakit ambêgan sêsêg, sakit tangsul raos (zenuw-pjnen) lan sapanunggilanipun.

Ewadene sêsakit-sêsakit punika inggih botên mêsthi jalaran saking syphilis kemawon, para maos sampun kalintu tampi, mangke gèk ingkang kraos sirah ngêlu kemawon kuwatos yèn jalaranipun saking syphilis. Ingkang kula aturakên ing nginggil punika minôngka tuladha, yèn sêsakit syphilis samangke dhoktêr sagêd nêtêpakên saèstu sarana W.R.

Badhe kasambêtan.

R. Sumadirja,

Ind. Arts. Sêmarang.

--- 476 ---

Wulang Sae

Ardaning tyas sirna saking panalôngsa

Piridan saking cariyos Rama Gandrung

Nalika murcanipun Dyah Sita kadhustha Prabu Rawana, ing ngriku ingkang dados jalaranipun, sang dyah tinilar piyambakan, Sri Ramawijaya angoyak kidang kancana ingkang tansah anglèlèdhèk, jêr punika kidang gadhungan malihanipun Ditya Marica. Pancènipun Sri Ramawijaya botên kingrangkirang. wêweka, botên mantala nilar ingkang rayi Sang Dyah Sita piyambakan, amila ingkang rayi Laksmana andikakakên nêngga wontên ing pondhokan. Ananging bêbasan: bêbaya ora kurang marga, dumadakan Laksmana kêpêksa nilar papan pamondhokan, awit saking adrêng panêdhanipun Dyah Sita, ngantos nalika Radèn Laksmana mopo jalarnganjalaran. ajrih nglirwakakên dhawuhing raka Sri Ramawijaya, sang dyah ngêdalakên têmbung ingkang botên sakeca tumraping rayi Laksmana, kakintên ingkang rayi kagungan mèlik atindak botên lêrês dhatêng Dyah Sita, katêmahan, Radèn Laksmana ngantos prasêtya, ewadene taksih adrêng panêdhanipun, murih nusula ing raka.

Kacariyos ingkang sawêg ambujêng kidang kancana, kala samantên sampun wangsul dhatêng pamondhokan, jalaran sumêlang, bokmanawi sang dyah mirêng sambatipun Ditya Marica wau, badhe kados punapa kumêpyuring manahipun. Dèrèng têbih lampahipun Sri Rama, langkung kagyat èsmu sungkawa, dupi mirsa ingkang rayi Radyan Laksmana nusul, mila alon wijiling ngandika èsmu sumêlang, punapa sababipun têka sang dyah tinilar piyambakan, punapa sang dyah tiwas, lajêng nusulipun dhatêng ingkang raka wau nêdya wêwartos makatên. Dèrèng ngantos dipun wangsuli pitakenipun, Sri Rama enggal lumajêng dhatêng pamondhokan, sarêng sang dyah botên katingal, lajêng nolih dhatêng ingkang rayi, sangêt panêtahipun dene nilar wêwêlingipun. Sang Laksmana matur sarwi ngrêrêpa, ngaturakên pangosonipun sang dyah dhatêng sariranipun, saha pandakwanipun ingkang kirang prayogi wau. Ewadene ingkang raka malah anêtah, dene Laksmana kawon kalihan pawèstri ingkang pinuju muring-muring.

Tanpa ngandika malih Sri Rama lajêng nusup-nusup ing wana angulari ingkang garwa, sabên kêkajêngan dipun pitakèni, punapa malih sawarnining sato ingkang kapanggih, punapa botên sumêrêp dhatêng sang dèwi. Samargi-margi tansah anguwuh-uwuh nimbali sang dèwi: Sita, Sita, pagene sira andhêlik, bêcik apa sêsêmbranan. Enggal ngatona, sêmrananirasêmbrananira. mau agawe patiningsun. Panguwuhipun Sri Rama wau botên tampi wangsulan, ing ngriku Sang Rama lajêng anggarjita yèn ingkang garwa ical. Rama lajêng ing lampahipun ngupadosi ingkang garwa.

Sarêng kapapag ing kidang ingkang arak-arakan, tumuntên didangu sora: Sita ana ngêndi. Kidang ingkang sumêrêp nalika sang dyah kadhustha ing Rawana lajêng andêngèngèk sirahipun mangidul, kados asung sasmita. Pramila Sri Rama lan Laksmana lajêng tindak manut sasmitaning kidang. Botên antawis dangu lajêng

--- 477 ---

uninga papan ingkang kados mêntas kangge ajang prang, katôndha kathah rah ingkang sumamburat ing gêgodhonganing wrêksa miwah ing siti, inggih punika papan campuhipun Jathayu kalihan Rawana.

Ing nalika Sri Rama mirsa layoning sêkar pêdhotan ukêlipun ingkang garwa, punapadene manggih gogroganing pangagêmanipun, Sri Rama kadya sumaput, enggal amênthang langkap, nêdya marwasa dhatêng sadhengah ingkang katingal, jagad nêdya linêbur.

Ing ngriku Laksmana lajêng ngrungkêbi padaning raka sarwi matur angasih-asih: dhuh, pukulun, pamunahing satru, pangayomaning sagung dumadi. Ingkang sampun-sampun paduka punika asih dhatêng sakathahing titah, sagêd mangrèh dhatêng sarira pribadi sarta anggung ngêngudi karahayoning bawana. Sadaya wau ing mangke sampun risak, amargi kasasapan ing duka. Namung emanipun, dhuh pukulun punapa kalampahan paduka nglêbur jagad ingkang jalaran saking kalêpatanipun tiyang satunggal. Aturipun Laksmana wau kalihan udrasa.

Sanalika Sri Rama lilih dukanipun, lajêng lumampah malih nglajêngakên ngupadosi titik-titikipun bab punika.

Samantên pêpêthanipun irah-irahaning gubahan ing nginggil, pancèn sampun adatipun donya, sadaya kadadosan punika mêsthi wontên purwa lan wasananipun. Mila inggih têtêp, kawontênan ing donya punika botên langgêng. Kados makatên punika kenging kangge panglipuring manahipun tiyang ingkang sawêg kataman, sampun ngantos lajêng kasêpênan ing ihtiyar. Tumrapipun cariyos ing nginggil, kados punapa muringipun Sri Ramawijaya dene ingkang rayi nglirwakakên piwêling, nilar ing dyah piyambakan, ngantos kalampahan ical. Sanadyan aturipun Laksmana kathah-kathah, têtêp pandumuking kalêpatan dhatêng Laksmana, wasana saking gêmpunging panggalih sarêng uninga titik-titiking murcanipun sang dèwi, lajêng kèmêngan, tan èngêt ing purwaduksina, jagad nêdya linêbur. Radyan Laksmana ingkang lajêng minôngka pamong, ngintên botên sagêd angêngimur dukanipun Sri Rama, wasana sarêng ingasih-asih kanthi panalangsaning galih, têmah lipur, sagêd manggalih punapa ingkang kêdah kalampahan.

Anatiam S.D.R.

Jatinom.

[Iklan]

--- 478 ---

Kagunan Jawi

Marsudi gêndhing Jawi

Sambêtipun Kajawèn nomêr 29

Bab wilahan gôngsa

Manawi badhe mangrêtos dhong-dhing utawi angruntutakên lagu, punika kêdah nyumêrêpi swaranipun wilahan gôngsa.

Ing sapunika ingkang badhe kula têrangakên ing ngriki swara wilahan ingkang kangge wontên ing gôngsa slendro. Punika bakunipun swara wontên 5 wilah, satunggal-satunggalipun nama 1 barang, 2 jôngga (gulu), 3 dhadha (têngah), 4 gangsal (lima), 5 nênêm, manawi badhe nyatakakên ingkang gampil mriksani saron laras slendro ingkang rancakanipun isi 6 wilah, mênggah wujudipun kadosdene gambar ing ngandhap punika:

[Grafik]

supados gampil anggènipun sinau laguning gêndhing, punika wilahan lajêng dipun sukani têngêr kados ing ngandhap punika:

[Grafik]

Mila ing gôngsa slendro botên mawi têngêr ôngka 4 amargi ôngka 4 punika kangge sadhiyan têngêr gôngsa pelog, ingkang larasipun wilahan nama pelog (pelo) badhe katêrangakên ing wingking, yèn sampun miwiti sinau gêndhing pelog.

Wondene laras barang: ingkang mawi têngêr ôngka 7, punika kangge nêrangakên wilahan barang laras alit, yèn swaranipun kalihan titi ôngka 1 sami, kaot agêng kalayan alit.

Yèn wontên gôngsa pelog, ôngka 7, punika kangge nêrangakên laras pelog barang.

Katranganipun têtêngêr.

Wontênipun lagu utawi gêndhing ingkang dipun sinau mawi kula sukani têngêr, supados gampil dipun mangrêtosi, dene wujudipun têngêr-têngêr kados ing ngandhap punika:

Gd. Gendhing

Lr. Laras

sl. slendro

pl. pelog

pt. pathêt

Bk. Buka: namung katabuh sapisan

Bw. Bali wiwit

Bh. Bali wiwit andhawah: (minggah) sabibaripun gong: wangsul, mriksanana ciri.

Upami sawêg merong (gêndhing dèrèng minggah) ungêlipun gêndhing manawi sampun gong wontên têngêr Bw. Lajêng wangsul malih wiwit Bw. salajêngipun. Manawi sampun [sa...]

--- 479 ---

[...mpun] dhawah: (minggah), lajêng mriksanana Bh. salajêngipun dipun wongsal-wangsuli:

t. kêthuk, papan yèn lêrêsipun nabuh kêthuk.

k. kêmpul, papan lêrêsing panabuhipun kêmpul.

N. kênong, papan lêrêsing panabuhipun kênong.

G. gong, papan lêrêsing panabuhipun êgong.

o. pin, panabuhipun namung dipun agagi kemawon.

(-) tôndha yèn badhe andhawahakên (minggah), kêndhang wiwit kagêmbyakakên (kaciblonakên).

(X) tôndha kangge ngèndêlakên ungêling gôngsa, lajêng dipun sênggaki, utawi dipun gerong, tuwin sindhèn.

Manawi irama sêsêg, anggènipun ngèndêli ngêgèt, namung yèn irama tamban, anggènipun ngèndêli ugi tumut tamban.

! cêcêg, yèn wontên nginggil ôngka (nut) tôndha swara ngêlik (alit) manawi wontên ngandhap ôngka, tôndha swara agêng.

(. Têngêr swara rikat (luk) utawi gandhèng.

T.w. thuthukan wilah.

G.r. Gerong.

Ur. Uran-uran.

W.K. Wiwit kagerong Kinanthi.

W.S. Wiwit kagerong salisir, salisir punika Kinanthi jugag, utawi sênggakan agêng puspa giwang, parabe sang marabangun, sapanunggilanipun.

sd. Sindhèn.

k. 6. Kêmpul laras 6.

[Iklan]

k. 5. Kêmpul laras 5.

k. d. Kêmpul laras dhadha.

k. m. Kêmpul laras manis (gulu).

k. br. Kêmpul laras barang.

S.G. Suwukan gulu.

S. b. Suwukan barang.

Bab gôngsa

Kawontênan gôngsa slendro nalika 50 taun kapêngkêr tumrap ing nagari Ngayogyakarta, (katêlah nama gôngsa Mataraman) ingkang wujud kênong namung satunggal, swaranipun dhawah laras 5 kêmpul satunggal, dhawah laras 6, gong agêng satunggal, dhawah laras 5 utawi dhadha.

Badhe kasambêtan.

R.Ng. Pringgaardana.

--- 480 ---

Bab Tanêman

Bab tanêman katès

Gêgayutan kalihan andharanipun sadhèrèk wong gunung, kawrat ing Kêjawèn.

Saking pamanggih kula andharanipun sadhèrèk wau sampun nama sae (mapan) nanging rèhning sêsêrêpan punika warni-warni, kula kumêdah urun wawasan sawatawis, dhapur mêwahi katrangan. Ing pangangkah sagêda dados têtimbangan dhatêng para ingkang badhe ngrasakakên nanêm katès. Mênggah bedanipun sêsêrêpan kula kalihan andharan ingkang sampun, punika namung bab pamilihing bibit saking isi saha patrap pananêmipun.

Katès punika satunggiling tanêman ingkang gampil - angèl, liripun gampil, sagêd tuwuh sae ing sadhengah panggenan. Angèlipun, asring malih, katès ingkang suwaunipun sae (agêng) sarêng katanêm malih dados katès alit, trêkadhang dados grandhèl. Mênggah anggènipun asring malih punika miturut sêsêrêpan ingkang sampun kula tindakakên, jalaran lêpat pamilih utawi pangruktining bibit. Bibit katès punika wontên kalih warni, inggih punika: bibit saking isi saha bibit siwilan.

Bibit saking isi. Katès ingkang badhe kangge wiji punika kêdah ingkang sêpuh saèstu (matêng ing uwit), lajêng kapundhut isinipun kapilih ingkang cêmêng mêlês kemawon. Ing ngriku isi samantên kathahipun punika namung wontên sawatawis ingkang cêmêng mêlês, inggih punika calon bibit ingkang sae. Isi wau kaurab kalihan awu, nuntên kaêpe ngantos garing. Prêlunipun kaurab kalihan awu punika kadosdene ambêktani pênawar dhatêng pun bibit, jalaran awu makatên bôngsa basê (base) dados manawi dhumawah ing siti ingkang kêcut (zuur) sagêd tawar, wasana gêsangipun bibit lêstantun sae.

Andhêdhêr wiji wontên ing bumbung wongwang kados pratikêlipun sadhèrèk wong gunung, punika ugi sae, anggampilakên manawi bibitipun kaêlih katanêm, nanging sajatosipun sanadyan kadhêdhêr wontên ing bumbung manawi badhe katanêm inggih kêdah siti kapêcah rumiyin, prêlu ningali oyodipun. Awit bibit ingkang oyodipun bengkong (oyod lajêr) punika botên prayogi katanêm. Sarta sawênèh wontên oyod sobrah kang tarung punika kêdah kapagas. Mênggahing kula langkung gampil andhêdhêr ing bedhengan, saugi panggarapipun bedhengan sae, inggih punika sitinipun kapaculana kintên-kintên lêbêtipun 30 sèntimètêr, makatên katahan ngantos sawatawis dintên lajêng dipun rabuk, tlethong lêmbu utawi sanès-sanèsipun ingkang mèh dados siti. Sasampunipun punika wijinipun kadhzdhzrakzn awisipun watawis sakaki, nginggilipun katutup mawi dami utawi godhong kêmladhingan.

Jugangan ingkang badhe kangge nanêm punika enggal-enggalipun kirang kawan wêlas dintên anggènipun ba-

--- 481 ---

[Iklan]

dhe nanêm kêdah sampun kadamêl, lêtipun jugangan satunggal lan satunggalipun 7 mètêr, panjang, wiyar saha lêbêtipun satêngah mètêr. Pandhudhukipun saperangan siti ingkang nginggil kadèkèk ing sisih wetan, saha perangan ing nglêbêt ing sisih kilèn. Manawi jugangan-jugangan punika sampun kaêpe watawis saminggu laminipun lajêng dipun isèni rabuk (kados rabuk kasêbut ing ngajêng) satunggal blèk, siti ingkang sisih kilèn kaurugakên, nuntên rabuk malih inggih sablèk, wasana kaurug siti ingkang sisih wetan.

Manawi bibit katès punika agênging witipun sampun sajênthikan tangan sampun cêkap katanêm, pamêndhêtipun dipun susuk. Kados ingkang kula aturakên ing ngajêng bibit ingkang oyodipun lajêr bengkong botên kenging katanêm, saha ingkang oyodipun sobrah sami tarung salah satunggal kapagas. Dene godhongipun kêdah dipun rèmpèli kangèngèhna kalih utawi tigang lêmbar ing perangan nginggil, prêlunipun sampun kêkathahên anggènipun nguwabakên toya. Lajêng katanêm ing têngahing jugangan ingkang sampun kaurug wau, oyodipun katata murih jujur. Sasampunipun makatên sitinipun kapênêt alon-alon ngangge driji kalih ingkang wradin. Nanêm katès punika sasagêd-sagêd ing wanci sontên, supados nglilir têrus gêsang.

Ingkang prayogi wit katès punika manawi sampun sajêmpolan tangan agêngipun kêdah kapagas inggilipun saking siti kintên-kintên 20, 30 cm. Tatuning pagasan punika yèn sampun atus tlutuhipun lajêng dipun cèt pêthak, bilih botên kagungan [ka...]

--- 482 ---

[...gungan] cèt kenging kabungkus mawi kêrtas minyak. Mila makatên supados sampun bosok manawi kenging toya jawah.

Kintên-kintên lêt kalih utawi tigang minggu anggènipun magas wau tamtu sampun mêdal trubusanipun, bilih trubusan punika ngantos kalih utawi langkung kairisana ngangge lading ingkang landhêp, kakantunakên salah satunggal trubusan ingkang sae piyambak.

Miturut ingkang sampun kalampahan wit katès ingkang karimat kados kasêbut ing nginggil, wohipun lêstantun sae saha andhap sampun sami awoh, tur sagêd tahan ngantos: 4, 5 taun.

Bibit saking siwilan. Limrahipun bibit katès saking siwilan punika katanêm kangge pasrèn, pananêmipun wontên ing ngajêng utawi sakiwa têngênipun griya. Manawi nanêm kangge dagangan botên sagêd nyêkapi kabêtahanipun bibit, jalaran angsalipun siwilan botên sapintêna kathahipun.

Pamêndhêtipun bibit siwilan punika wit katès ingkang nyiwil agêngipun watawis sacakêping tangan kakêthok ngêpok ing uwit, godhongipun dipun rèmpèli kakantunakên sawatawis lêmbar ingkang cêlak ing pupus, lajêng katahan kasèndhèkakên sawatawis jam dangunipun, supados tlutuhipun atus. Pananêmipun wontên ing jugangan kados ingkang kasêbut ing ngajêng, nanging yèn nalika punika sitinipun aking kêdah kasiram ing toya. Manawi toyanipun sampun kikis (sitinipun sampun kêmayal) bibitipun sawêg kenging katanêm, tumancêpipun poking bibit dhatêng siti sakêdhikipun: 20 cm., lajêng dipun idak-idak, supados sitinipun rapêt saèstu dhatêng bibitipun. Tanêman punika botên prêlu kasiram asring-asring, cêkap kalih - tigang dintên sapisan sarta panyiramipun sampun kêtêlêsên, supados witipun botên bosok. Mila nanêm bibit saking siwilan punika yèn rêndhêng awis-awis dados, jalaran kêkathahên toya, sadèrèngipun ngoyot sampun kasêsa bosok.

Tanêman katès saking siwilan punika kadosdene cangkokan, wohipun jiblès kados ingkang nyiwil waunipun, namung wujuding wit kirang sêmbada, witipun taksih alit tur andhap nanging papahipun panjang-panjang klèngsrèh ing siti, anggènipun awoh genjah sangêt. Pancèn kangge pasrèn sae, nêngsêmakên.

Sastra Winarsa.

[Iklan]

--- 483 ---

Kawruh Sawatawis

Têmbung:Kêbo

Nyurasa basa

Têmbung ngoko kêbo punika kramanipun: maesa, saking basa Sangsêkrit: mahisa. Mênggah têgêsipun, namaning kewan rajakaya. Manawi wontên ing kawruh (ngèlmu) kewan, maesa punika kagolong bangsanipun kewan anggayêmi utawi kewan atracak bêlah, ingkang asingat growong.

Têmbung: kêbo punika sumêbar sangêt kanggenipun, nyrambahi wontên ing ucap-ucapan sarta ing bêbasan pintên-pintên. Sêdyaning andharan punika maligi badhe ngrêmbag bab têmbung wau, sumêmbatipun wontên ing kasusastran, sumêrêp dados sapraboting sêsêrêpan ing bab têmbung-têmbung.

Wontên ing pêpindhan utawi panyôndra, têmbung: kêbo punika botên atêgês sae, bokmanawi kapiridakên maesa punika kewan bodho tur wujudipun botên brêgas. Malah larasing ungêl: kêbo punika, dados kosowangsulipun panyôndra, inggih punika gadhah têgês panyeda. Têrangipun yèn tiyang dipun pindhakakên makatên, suraosing ungêl gadhah têgês botên sae. Dados wontên ing pêpindhan utawi panyôndra, têmbung punika botên sagêd pikantuk sakêdhik-kêdhika. Upaminipun ungêl-ungêlan: kaya kêbo, punika kapiridakên maesa punika kewan bodho. Dianggo kêboan, gadhah laras saking anggènipun nurutan dipun trapi ing damêl, tur pigunanipun agêng.

[Grafik]

Kêbo Rêjasa (ringgit gêdhog).

Nalika jaman kina, jaman Pajajaran - Majapait, kathah para misuwur ingkang asmanipun ngagêm namaning kewan. Wontênipun makatên, ing pangintên mêndhêt pêpiridan saking karosanipun, kêkêndêlan, brêgasing wujud, katrampilanipun lan sanès-sanèsipun. Upaminipun:

Siyungwanara, têgêsipun, siyung kêthèk.

Sawunggaling, têgêsipun, sawung patohan, sawung êmas.

Narasinga, têgêsipun, apangawak sima.

Hayamwuruk, têgêsipun, pangungruming ayam,

--- 484 ---

Gajahmada, têgêsipun: êlaring gajah. Gajah mawa êlar.

Banyak Widhe, têgêsipun: banyak kinurungan.

Jaran Panolih, têgêsipun: kapal ingkang patut tiningalan.

Dene ingkang mawi: kêbo, kados ta:

Kêbo Kanigara, têgêsipun: sêsêkaring maesa.

Maesa Tandrêman, têgêsipun: maesa ingkang botên kaopan.

Mundhing sari, têgêsipun: sêsêkaring maesa.

Manawi mirid asmanipun para misuwur punika, têmbung kêbo punika ing kinanipun ugi dados kaluhuran, botên beda kalihan kewan sanèsipun ingkang namanipun kagem asmanipun para luhur.

Tumrapipun wontên ukara paribasan, têmbung punika asring kangge pêpindhan. Punika namung nelakakên bilih kewan punika dipun kulinani ing tiyang, sabên dintên prasasat yumêrêpi. Dene paribasan ingkang ngangge têmbung: kêbo, ing sakacêpêngipun kapratelakakên kados ing ngandhap punika:

Kêbo nusu gudèl, ngibarat tiyang sêpuh nêdha wulang dhatêng tiyang ênèm.

Kêbo lumaku dipasangi, gêgêsingtêgêsing. ukara: kêbo kumudu dipasangi, ngibaratipun: tiyang ingkang kumêdah-kêdah dipun sukani padamêlan.

Kêbo lumumpat ing palang, ngibarat jêksa ingkang anggadhahi prakawising sanak sadhèrèk utawi mitra karuhipun.

Kêbo mulih ing kandhang, ngibaratipun tiyang sampun kesah lami sagêd mantuk malih.

Sandhing kêbo gupak, ngibaratipun tiyang cêcêlakan kalihan pandamêl awon, lêpat-lêpat sagêd kèmbèt.

Kêbo kabotan sungu, ngibarat tiyang kawratên sasanggèn saking kêkathakên anak utawi sadhèrèk.

Kêbo mutung ing pasangan, ngibarat tiyang anggarap padamêlan botên sagêd ngrampungi.

Kêbo bule mati setra, ngibarat tiyang gadhah kasagêdan botên wontên ingkang ngalap damêlipun, ngantos saajalipun.

Dikêbo ranggah, ngibarat tiyang ingkang dados tawur utawi bantên.

Pisah kêbo, ngibarat tiyang sêsemahan, pêgatan dèrèng absah.

Dikêbo siji, ngibaratipun tiyang dipun rampog.

Londho-londho walang sangit anggendhong kêbo, ambasakakên tiyang ingkang katingalipun têmên, jêbul calimut.

Wontên ungêl-ungêlan: kêbo gêrang, atêgês namaning ulam. Kêbo mênggah, têgêsipun: namaning kalung. Kêbo giro, atêgês namaning gêndhing. Kêbo lawung, têgêsipun maesa umbaran.

Bokmanawi têmbung punika kanggenipun wontên iing. ukara sanès taksih wontên, andharan punika kados sampun cêkap dipun punggêl samantên kemawon. Kirang langkungipun kasumanggakakên para nupiksa.

Ki: Marta.

--- [485] ---

[Iklan]

--- 486 ---

Kasusastran

Tanggal ênèm ing môngsa rêndhêng

[Dhandhanggula]

palêthèking sasôngka marêngi / kaping sapta sinawang mrabawa / sumorot sasêrat gênge / sumamar mawa sêmu / riyêp-riyêp angrêspatèni / katawêng imamônda / mandar lir sinêpuh / kasasab ing mega seta / sêsulake ngalela amilangoni / nênangi ning nging nala //

sumunare baskara kang manjing / angujwala kadi tan kuwawa / manahên sruning wirage / wiraga mang-mangu / lir mangungak nganguk-anguki / narima ngaras tilas / têtambaning wuyung / kayungyun angèstupada / kapêgat tan abot anglakoni wajib / sumusup cakrawala //

sasilêming arka manjing wêngi / kadyanggana kusumaning tawang / kawangwang wuwuh kuwunge / wênês cahya sumunu / sênênira mônda mradini / lumarap tanpa timbang / têbane tumimbus / berat salwir aru-ara / lir kapanduk liringe sang nata dèwi / rêtna côndra kusuma //

pasewakan wus andèr mêpêki / taranggana tarap anèng tawang / mari kêlu pangadhêpe / antuk sawabing ratu / sugih donya êmas lan picis / sêsotya tanpa wilang / sumêlèng panunggul / sêsêngkang amurub mubyar / biru putih dadu kapurônta kuning / mèh madha sang kusuma //

kang sumewa nèng kapara têbih / wadya priya ulêt lig-uligan / kang sarwa punjul kuwanèn / arya margana bayu / arya bajra barat lan angin / gumolong gêgolongan / minôngka gul-agul / tan mêlok pangadhêpira / nanging tansah sumanggêm alabuh nagri / rumêksa mêngku praja //

mung prasaja rêrêngganing puri / lamat-lamat sumangsang ing wiyat / sri kawuryan pangrakite / pradôngga nganyut-anyut / wiraswara angêlak-ngêlik / binarung waranggana / guyêng ngayun-ayun / rahayu sadhatulaya / mawèh ayêm jênjêm kang para sumiwi / satata tadhah karya //

kang sinewa kusumaning wêngi / nitya tajêm ruruh pasmonira / tan kuciwa mêmanise / trênggana kongsi kaduk / pangungake mulat sang dèwi / wiraga unjal uswa / wênèh manggut-manggut / sumêbyar sotyaning sêngkang / tinambuhan ing kônca ngincang ngèncêpi / malengos masmu ewa //

wênèh ana kêsêl sila linggih / cumalorot ninggal pasewakan / ambolos lêpas parane / sinêndhu mring ki bayu / silir-silir margana ngirit / gandaning puspèng taman / angambar tumanduk / wèh sêgêr sumyah ing slira / amimbuhi suka pirênaning dasih / arasa lêbda jiwa //

tan antara dangune tinangkil / kagegeran pasewakan jaba / katêkan bêncana gêdhe / gugup kang tunggu pintu / wus tumanduk mungsuh ngêjègi / anjujug ing pascima / palênggahan prabu / arya bayu awas mulat / sung tangara pra wadya parêng ngêbyuki / orêg jro dhatulaya //

tuhu dibya mungsuh kang aprapti / agung luhur agagah prakosa / jêjenggot wok simbar godhèg / nitya mancêrêng sirung / pakulitan langking ngajrihi / nênggih panêngranira / prabu mega mêndhung / ratu têguh sugih bala / maksih mudha arsa andhustha sang dèwi / wus lama karungrungan //

kawursita sang rêtnaning wêngi / sapraptaning parangmuka dibya / trangginas dènira lèngsèr / gumêrah jro kadhatun / salang-tunjang parêkan cèthi /

--- 487 ---

kèh cicir kaceceran / sêbit ingkang pinjung / gêgancangan atut wuntat / anggarêbêg mring gusti kang nawung wingit / mabonglot sing plênggahan //

dhatulaya wus kebêkan jurit / pêpêt rapêt datan ana sêla / pra samya ngungkih kaputrèn / têlas tyasira bayu / wadyabala tansah kêlindhih / sinêru maksih mêksa / nisih lumuh ngêsuk / kapasuk ing sayahira / pamangsahe lir sulung alêbu gêni / ki arya gung sungkawa //

[Grafik]

...kadyanggana kusumaning tawang, kawangwang wuwuh kuwunge...

puguh panggah tyasira sang putri / tekadira têtêp datan arsa / pinrih linggar sing kaputrèn / kori kinancing kukuh / datan ginggang tinênggêl bindi / rinuwat malah kuwat / nênggih kang nahên kung / anggêntur manungku puja / wus rinacut jaba jêro dadi siji / bawaning putri dibya //

tinarima panuwune dadi / tinêdhakan mring hyang jagad nata / sarwi asung wasiyate / môngka pangruwat satru / saranane amatêk aji / ran aji pangatisan / winarah wus nyakup / hyang guru wus makayangan / dahat suka sirna sungkawaning galih / môntra winatêk sigra //

gara-gara gêng kagiri-giri / kagegeran orêg ing gêgana / gumlêgêr swaraning blêdhèg / sang prabu mega mêndhung / kudhandhangan aminta tandhing / dharêdhêg ngêrog dhadha / wèl-welan aliwung / sumasa datan kuwawa / têmah lêbu angga ajur dadya warih / sumirat ing bantala //

wadya rucah wus atumpês tapis / kang kuwônda pêcah lir cinacah / dadya jawah pating srèwèh / sisane gya tinlabung / mring ki bayu ing atas angin / wus mirut katut barat / kumrusuk tumurun / nyênyiram têbaning taman / taru-taru lumrang kawaratan riris / ngrêmbaka tumaruna //

tata têntrêm jroning kênyapuri / taranggana mentar nitipriksa / mring talatah kang kêpatèn / tinon ana kang mêtu / mêrêm-mêlik kang netra abrit / malerah angatirah / kaduk ing pamuwun / uwas tinilar wong tuwa / kang atumpês pralayèng madyaning jurit / anjêrit sru karuna //

ana ingkang amung ngangin-angin / ngrasa lêsu lêsah kang sarira / sayah dènnya tandang gawe /

--- [488] ---

guwaya masmu acum / biru kêcu angêngucêmi / têmah kuciwèng warna / wau arya bayu / manggung mêmpên pagulingan / anggaluruh kang angga kebêkan kanin / duk mangsah mangun yuda //

risang dèwi tan mimba nêniti / amung laju manjing jro paprêman / katrêm kasêngsêm sêmune / katatangi tyas linglung / kalênglêngan mring kang nglungani / hyang arka kang kacipta / cinithak jêjantung / wus têbih dènira linggar / drênging karsa sang dèwi nusul nututi / umanjing cakrawala //§ wilêtaning lukita kêtitik / mêmêt mukêt mung sarwa prasaja / purwakanthi tan ginawe / mathuk nuju kêpêthuk / kang yatmaka krasa nungtumi / kang mangkana sanyata / luwêsing kêkidung / tan kêni ingaya-aya / satibane adhakan prênah nujoni / cake malah sakeca //.

Pak. Kalang.

Red.

R.A. Jayadiguna

[Grafik]

Nalika badhe tindakipun Radèn Ayu Jayadiguna dhatêng Bêtawi, Pakêmpalan Wanita Utama ing Purwarêja ngawontênakên pêpanggihan garwa, kangge pangèngêt-èngêt anggènipun badhe sami pêpisahan. Ing nginggil punika gambaripun pêpanggihan wau wontên ing griyanipun agèn Bale Pustaka ing Purwarêja, sarta kalêrês badhe tindakipun wau mawi kapêthuk ingkang raka Mr. R. Jayadiguna saking Bêtawi, lajêng katut tumut kagambar pisan.

Nitik pasêmoning gambar punika, para maos sagêd manggalih, saya malih tumraping para putri, kados punapa gambiraning para putri ingkang sami pêpanggihan wau.

Ingkang punika, Kajawèn mêmuji, mugi-mugi panjênênganipun Mr. R. Jayadiguna sakalihan wontên ing Bêtawi sampun ngantos kêsupèn. Wanita Utama wontên Bêtawi mugi dadosa panggalihanipun.

--- 489 ---

Rêmbagipun: Petruk lan Garèng

Bab suryawirawan

V.

Garèng : Ayo, saiki padha dibanjuake rêmbuge ing ngarêp. Kowe ngandhakake: suryawirawan andhêdhêri para mudha supaya trêsna nyang bangsane lan nagara kalairane. Watak sing kaya ngono kuwi, nèk bôngsa Jawa wis anduwèni, Truk. Kaya ta: mugguh katrêsnane nyang bangsane bukti-buktine sabên dina kowe bisa mêthuki, Truk. Upamane bae: yèn wêruh wong dudu bôngsa Jawa, bagus lan brêgas, lo kuwi iya banjur muni mangkene: wong kae mula iya bagus lan brêgas, emane dene ora kanggonan: luwês lan kèwês kaya wong Jawa, seje karo wong Jawa tulèn, rupane ngono umume pancèn padha ala-ala, nanging luwêse kuwi sing ulêng-ulêngan. Banjur nèk ana wanita dudu Jawa, kok manganggo cara Jawa dêlês: gêlungane mèfèt, klambine nganggo pêndhatêng, wirone mlithit, kuwi loking uwong: ma - tik - a - ku, wong kathik sêmono ayune, eman dene basane pating gêdêbug mêngkono. Saupama kok banjur omonge Jawa bisa kêmrêmês kae, rak iya kumplit têmênan. Luwih-luwih yèn wêruh jogèd, apa manèh ngrungu gêndhing liya bôngsa, kuwi banjur bae muni: tobat, tobat, iki apa anjogèd apa jola-jola, banjur tabuhane kathik pating gadhagrèg, malah kêpenak ngrungokake: kodhok ngorèk bae. Mara, Truk, kabèh kiyi apa ora sawijining bukti gêdhening katrêsnane nyang bangsane, sabab pikirane: ora ana wong kèwês lan luwês kaya bangsane, ora ana basa sing gandês kaya basane bangsane dhewe, ora ana kagunan sing nyang ati mak: nyês, nyês, kaya kagunane bangsane dhewe. Luwih manèh katrêsnane nyang tanah kalariane, wis kalêbu ing balung sungsum, Truk, kaya ta omongane wong Sala upamane: saora-orane wong Sala, nèk wis ngomong satiba-tibane le êmpuk kêpenak. Kosokbaline omonge wong Banyumas: idug-idug busèt, wong Solo nèk caturan tuli kaya... wayang wong. Muni: lara: loro. Loro iya loro maning, tuli ora kêpenak kaya wong Banyumas. Mara, Truk, apa iki ora sawijining bukti yèn wong Jawa wis anduwèni trêsna nyang nagara kalairane.

Petruk : Sing kok gambarake kuwi mau, pancèn iya ana bênêre, mung bae katrêsnan mênyang bôngsa lan nagara kalairane sing kaya ngono kuwi gambare katrêsnane wong kang isih cupêt jagade, Kang Garèng. Ora mêngkono tumrape wong sing wis jêmbar wawasane. Sing diarani bangsane dhewe iki, iya kabèh bôngsa sing padha lagi ngalami lêlakon kaya awak dhewe iki, dadi iya bôngsa: Sundha, Madura, Mlayu lan sapadhane. Dene tanah kalairane dhewe, iya tanah saurute sing padha diênggoni bôngsa-bôngsa [bôngsa-bông...]

--- 490 ---

[...sa] mau kabèh kuwi. Lho kuwi para mudha bangsane dhewe supaya dituntun murih trêsnane nyang bôngsa lan tanah kalairane sing jêmbar, aja ciyut kaya sing kok gambarake mau. Prêlune supaya ing têmbe burine bisa dadi bôngsa kang luhur lan akèh cacahe lan jêmbar nagarane. Wis, Kang Garèng, bab iki kaya-kaya wis cukup samene bae. Pambudi kang 2e, yaiku: anênangi lan mulasara watak sarta tindak-tanduk kang bêcik, mêngkono uga nêguhake sarta nguwatake imane para mudha kuwi mau.

[Grafik]

Garèng : Bab kandhamu kang kapisanan, ora prêlu kok têrangake, wis cêtha aku, Truk, karêpe rak iya mêngkene, ta: Watak lan tindak-tanduk sing bêcik, kudu dipulasara, têgêse kudu dijaga aja nganti dijabêl dening panggodhane: ijalil. Dene yèn watak utawa tindak-tanduke sing bêcik kudu ditêtangi, têgêse: para mudha mau tansah diloloh ing piwulang-piwulang, sing bisa nuwuhake watak lan tindak-tanduk kang bêcik mau. Rak iya ngono, ta, wong aku, iya mêsthi banjur nyandhak bae. Saiki ing bab nêguhake utawa nguwatake iman. Hla, iki aku sing durung bisa nyandhak kapriye pratikêle. Sabab uwong kuwi rupa-rupa panêmune, murih têguh ing imane. Kaya ta: wong anggêre ora kêkurangan apa-apa, jarene mêsthi kuwat imane.

Petruk : Iya mèmpêr, Kang Garèng, nanging ora kêna dipêsthèkake. Kowe bokmanawa wis tau krungu lêlakone kaji sugih ing sajêrone sasi Pasa sêmbahyang mahrib karo ngadhêpake bakal bukane. Barêng mèh rampung anggone klumat-klamêt muji: ini wajahtu watiya... mêngkono kae, dumadakan ana kucing marani: bakal bukane, kathik sing dirundhuk gorengan dhadha mênthok. Kala samono si kaji arêp miwiti maca Alpatekah, wêruh klebating kucing mau, banjur sêru bangêt anggone maca: Bismillah... ensopurut, nganti kucinge banjur mlayu.

Garèng : Wèh, iki wong kang imane kalah dening dhadha mênthok. Wèh, apa kuwating imane kuwi dumunung ana ing wong kang mlarat bangêt, ora bisa, Truk, malah umume wong mlarat kuwi, jalaran kagodha dening kamlaratane, kêrêp ngacungi kêpêl marang... ingkang Kuwasa, Truk.

Petruk : Kosokbaline wong sing ora duwe apa-apa mau, malah bisa kuwat lan têguh imane, jalaran rumasa ora bakal ingaru-biru dening lêlêthêking dunya, Kang Garèng. Nanging kabèh

--- [491] ---

mau ora mangkono karêpe, Kang Garèng. Sing diarani kuwat lan têguh imane, iya sing kuwat lan têguh atine kuwi. Têgêse: sing kêncêng, mantêp, têtêg anggone nindakake kuwajibane.

Garèng : Wah, iki karêpe mêsthine jêmbar bangêt, Truk, yaiku nindakake kuwajibane tumrap: panêmbahe marang ingkang Kuwasa, anggolèk pangupajiwa, ngopèni anak bojone, sêsrawungane karo wong akèh, lan sapiturute, mêngkono uga kuwajibane dadi wong urip kudu golèk wiji, dadi iya prêlu ngêkèhi... babone.

Petruk : Yah, sêmbrana, rêmbugane wong ngajak royal kuwi arane, wis, saiki tak banjurne manèh, kang 3e. anggugah watak lan rasa kang luhur sarta suci.

Garèng : Wah, iki karêpe priye, Truk, kok rada glatho-glatho anggonku arêp nampani.

Petruk : Watak luhur lan sukci, yaiku: ora gêlêm gawe ala, ngina, ngrèmèhahengrèmèhake. marang sapadhaning umat, mêngkono uga ditobatake laku: drêngki, jail, mêthakil, lan sapadhane, nanging watake tansah wêlas lan asih marang sapadha-padha.

Garèng : Nèk aku pancèn wis dhasar manawane, mêlas asih nyang sapadha-padha kuwi. Hla, kae bae, lho, Mas Jaya, aku mêlas bangêt, lha wong jarite mung siji, mêksa digadhèkake kabèh. Malah wingi nêmbung utang aku têlung kêthip.

Petruk : Calathumu kang mangkono kuwi mau, bisa uga tuwuh saka wêlasing atimu, nanging bisa uga tuwuh saka kibirmu, Kang Garèng, yaiku upamane kowe arêp ngandhakake mangkene: Mas Jaya kae jarit siji kalakon digadhèkake, nèk aku ora bakal, sèh. Dhèwèke nêmbung utang aku têlung kêthip, bisa uga kowe anduwèni karêp: wong nylêkuthis, nganti kalakon nêmbung utang aku têlung kêthip.

Garèng : Dadi ora bêcik, ta, ngrasani mêngkono mau. Saiki ngrasani mangkene: wah, dèn bèi Sastra kae, saka sugih lan brêgase, tindak nyang toko mung lakon limang mênit bae, nitih oto.

Petruk : Iki iya ora bêcik manèh. Awit ing batine rak bisa uga ana buntute mangkene: wong ora lumrah, ambêge salegêr, mung mrono bae kathik nunggang motor.

Garèng : Wèh, apa-apa kathik salah bae mêngkono. Hla, kêpriye, ta, bênêre.

Petruk : Wong kang duwe watak luhur lan sukci kuwi, lumrahe yèn wêruh lêlakon kang bêcik, mung mênêng bae, nanging ing batin duwe pikiran: wah, lakune wong kae kathik bêcik têmên, tak tirune. Nèk wêruh apa-apa sing ala, unine: wah, kae tindake kok ala, tak jagane aja nganti aku tindak ala sing kaya ngana kae. Lho, mêngkono, Kang Garèng, watake wong kang luhur lan sukci kuwi.

Sêsorah ing Radhio saking Bale Pustaka

Benjing ing dintên Ngahad sontên tanggal 24 April 1938, wanci jam ½ 8 dumugi jam 8, Bale Pustaka ngawontênakên sêsorah ing radhio Nirom 2 golflengte 190, ing bab Bintang Minahasa, ingkang mêdharsabda Tuwan St. Iskandar.

--- 492 ---

Wêwaosan

I. Lêlampahanipun: Budimirowic

67

Ing jamanipun praja Ruslan dipun ratoni dening Prabu Wladhimir, satunggiling narendra ingkang sinêbut ingakathah: kramat, jalaran saking sucining panggalihanipun, tuwin Prabu: Yaroslop, inggih punika satunggiling nata ingkang kacêluk mênggahing kawicaksananipun, kitha karajanipun praja, inggih punika: Kiyèf, kalêbêt kitha ingkang sae piyambak ing saindênging nata Eropah. Ing kala punika sêsrawungipun para darahing Ruslan, kalihan sanès nagari, taksih kathah. Jalaran ingkang makatên wau amila kathah para pangeran ing praja Ruslan ingkang lajêng sami anggarwa para putri saking môncanagari, malah para putri ing Ruslan ing kala punika kathah ingkang sami jumênêng dados pramèswari nata ing nagari-nagari sanès, kados ta ing praja-praja: Prancis, Nurwègên, Honggari, lan sasaminipun. Ing jaman samantên ing saindênging tanah Eropah sampun kasuwur ing bab endahing warinipun para putri Ruslan, amila lajêng kathah para pangeran ingkang sami katarik manahipun saha sami mrêlokakên angumbara dhatêng kitha Kiyèf, ngupados jodho.

Ing satunggiling dintên wontên baita pintên-pintên lêlayaran wontên ing lèpèn: Dhèpèr, nuju dhatêng kitha Kiyèf. Wujuding baita-baita wau sayêktos sami sae tuwin èdi, langkung malih ingkang lampahipun wontên ing ngajêng piyambak, ingkang ing sêmu dados tumpakanipun ingkang mangagêngi sakathahing baita-baita wau, saèstu tanpa tandhing mênggahing saenipun. Canthiking baita rinêngga-rêngga mawi pêpêthanipun sirahing naga, buritanipun mawi pêpêthan sirahing mênjangan. Dene kitiripun dipun gambari pêpêthaning sato kewan ing salêbêting wana môncawarni. Sadaya tangsulipun sami sutra, tiyangipun kaprada, lan pucuking tiyang wau mawi pênthol êmas ingkang mancorong sae sangêt. Ing ngêdhèg wontên papilyunipun ingkang kaêcèt ijêm, pyanipun dipun sasapi bludru, tembokipun rinêgga-rêngga ing gambar ingkang èdi-èdi, lan jobinipun dipun babuti, dene ingkang wontên ing salêbêtipun papilyun ngriku punika, satunggiling priya ingkang taksih anèm, bagus warninipun, tuwin karêngga ing busana, nama: Budimirowic, kalihan ibunipun nama: Olyana. Dene ingkang wontên ing baita ngriku tuwin baita sanès-sanèsipun, sadaya sami punggawanipun satriya neneman wau. Mênggah cacahing punggawanipun wau wontên tigang dasa, sadaya sami neneman, bagus warninipun, tuwin karêngga ing busana. Ing kala punika Budimirowic wau sawêg kalêrês nabuh clêmpung kanthi têtêmbangan, kanthi suwara ingkang êmpuk tuwin anêngsêmakên. Sadaya ingkang sami mirêngakên tamtu katarik manahipun dening suwara tuwin pintêring panabuhipun calêmpung wau.

Sadaya baita lajêng labuh wontên ing palabuhan ing Kiyèf ngriku, salajêngipun Budimirowic lajêng wicantên makatên:

Rungokna calathuku iki, lan turutên apa parentahku kabèh. Mêngko padha masanga blabag warna têlu, kang kanggo munggah ing palabuhan kene iki, yaiku: blabag mas, blabag salaka lan blabag kayu. Padha anggawa barang kang èdi-èdi, lan padha tut buria lakuku sowan ing ngarsane sang prabu.

Sanalika têtiyang wau inggih lajêng sami mituruti punapa parentahing bandaranipun, lan botên watawis dangu sadaya lajêng sami minggah ing palabuhan ngiku, Budimirowic sarana lumampah ing blabag êmas, ibunipun ing blabag salaka, lan para pangiringipun sami ngambah ing blabag kajêng wau. Lampahipun sadaya wau sami nuju dhatêng kadhatonipun Prabu Wladhimir. Ingkang lumampah wontên ing ngajêng Budimirowic miwah ibunipun, lan ing wingkingipun para pangiringipun kanthi ambêkta barang-barang rajabrana ingkang sakalangkung èdi wau. Satriya neneman tuwin pangiringipun sadaya wau têrus lumêbêt ing kadhaton. Sasampunipun atur urmat dhatêng sang prabu miwah sang pramèswari kados padatanipun, Budimirowic lajêng suka sasmita dhatêng rencang-rencangipun supados samia ambikak bêktanipun. Ing ngriku katingal barang-barang ingkang èdi sarta pèni, kados ta: talam êmas tuwin salaka, mantol mawarni-warni, tuwin barang tênunan ingkang sakalangkung èdi, pantês saupami dados agêm-agêmanipun sang pramèswari, tuwin putri kapenakanipun: Dèwi Sabawa.

Salajêngipun Budimirowic lajêng munjuk makatên:

Dhuh, sang prabu pêpundhèn kawula, mugi kaparênga anampi pisungsung kawula barang-barang ingkang botên ambêjaji punika.

Badhe kasambêtan

------------------------

Isinipun: Gupêrnur Jendral Ostraliyah - Pajagèn Bêbaya ing Gêgana - Ngemba Rekadayanipun Dr. Pasteur - Ardaning Tyas Sirna dening Panalôngsa - Marsudi Gêndhing Jawi - Bab Tanêman Katès - Têmbung: Kêbo - Tanggal Ênèm ing Môngsa Rêndhêng - R.A. Jayadiguna - Bab Suryawirawan - Wêwaosan - Jagading Wanita - Taman Bocah.

--- 61 ---

Nomêr 16, 20 April 1938, taun III

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta: Rr. Siti Mariyam. Kawêdalakên sabên Rêbo.

Hakipun wanita winêngku priya, mamrih rahayuning jêjodhoan.

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 30.

Bêbayaning jêjodhoan, yèn satunggal-satunggalipun (jalêr èstri) botên sami mangrêtos utawi pancèn botên sami anêtêpi panguwaosipun. Corok-cinorok, linta-lintu panguwaos, trêkadhang malah rêbat unggul, rêbat kuwasa sasaminipun.

Hakipun jalêr, masrahakên kaskaya dhatêng èstrinipun. Hakipun èstri, nyêkapakên kabêtahan. Wasana sarêng kirang cêkap katindakakên, ing ngriku lajêng rame, kumrusuk, sabab-sinababakên: lah blanjane iki tunggale êndi, kok ming sêmene, kanggo anu bae kok nganti sêmono, êndi kwitangsine, rêsine, ya wis karêpmu, bayarane sêkolah anake môngsa bodhowa wong lanang. Kosokwangsul tiyang jalêr, dumèh rumaos: lanang (sanajan ala, nanging wênang) samôngsa kataman têmbung makatên wau, yèn botên sagêd anggiwarakên wangsulan, lajêng ngatingalakên kuwaosipun, dasamukanipun mêdal: kowe wong wadon, kabèh iki dadi panguwasaku. Sanajan awakmu iku, yèn durung olèh palilahku, ora kêna mingsêt utawa lunga, apa kowe ora ngèlingi bêbasan: swarga nunut darajat katut. Êndi, kaya apa olèhmu nindakake kaskayaku, bêrase êntèk pira. Brambang sêtali kok ming sêmene. Lha, kêpanjang-panjang ngantos rame, tansah kiyamat sadintên-dintên, bontên wontên dintên gothang tanpa grêjêgan.

Langkung gawat malih bab panyêpêngipun anak, yèn kirang kalêrêsan, ambêbayani saèstu. Anak, kêdah angsal panggulawênthah ingkang nyêkapi. Yèn bapa sarta biyung sami arêbat panguwaos tumraping anak, kosokwangsulipun sami ambodhokakên dhatêng salah satunggalipun, punika sagêd ugi anak wau malah kapintên sadayanipun. Upaminipun: kowe kuwi anake bapak, le, kana, môngsa bodhowa bapakmu, apa-apa iya tarèna, anjaluka bapakmu kana. Kosokwangsulipun bapa: môngsa bodhoa [bo...]

--- 62 ---

[...dhoa] anakmu kana, kowe sing kuwajiban ngopèni. Aku wong lanang, nyambutgawe golèk dhuwit. Kowe rak ya wis ngrêti dhawuhe kyai kae: yèn swarganing anak iku ana dlamakaning biyung. Dadi cêtha, iya kowe kuwi sing kuwajiban anjênang ebor anakmu, dadi mulya, dadi sangsara, iya marga saka kowe. Tiyang jalêr èstri ingkang sami gadhah pamanggih bèncèng cèwèng kados makatên wau, botên sae sangêt tumraping dhatêng anak. Langkung-langkung yèn tiyang sêpuhipun sadintên-dintên namung tansah padudon, usrêg, undhamana-undhamanan, purikan, punika prasasat ngursus dhatêng anak, supados ing têmbe dados lare ingkang rêmên udur, pasulayan lan sanès-sanèsipun.

[Grafik]

Biyang: Marta Sleman.

Kadospundi murih tiyang kêkalih jalêr èstri nyakup sawarnining panguwaos ingkang milujêngakên bêbrayan punika. Punapa waunipun kêdah wêdalan sêkolahan ingkang inggil-inggil. Punapa kêdah anggêbyur ing madyaning ebah-ebahan ingkang modhèrên-modhèrên. Botên cêkap namung sarana makatên punika kemawon, nanging kêdah purun anglaras utawi mirid têpa tuladha sadaya lêlampahan ingkang kasat mripat. Punapa malih mirid cariyos-cariyos babad, dongèng, roman lan taksih kathah sangêt ingkang kenging kangge lêlimbanganing panggalih.

Kula nyipati tiyang têntrêm jêjodhoanipun, sanadyan pamêdalipun alit, sagêd nata gêsangipun kanthi prasaja. Kosokwangsulipun, nyipati jêjodhoan ingkang kakungipun inggih pasinaonipun, agêng blanjanipun, putrinipun dhasar timbang lan kakungipun, nanging kawontênaning bêbrayan kirang têntrêm, tansah usrêg. Punika kêdah katiti sabab-sababipun, ingkang ngantos pinanggih cêthanipun. Sanadhan botên sagêd têrang yêktos, nanging inggih sampun kenging kangge nglaras sarta pêpiridan. Tumrap anggèn kula gêsang bêbrayan abale griya saanak semah, supados sagêd ngalap paedah, mêthik wohipun ingkang miraos. Kula pitados, katêntrêmaning bêbrayan punika, gumatung wontên kula tiyang èstri kalihan tiyang jalêr. Upami lampahing baita, gumantung wontên ing juru mudhi lan juru panêdah margi. Upaminipun karajan, gumantung ingkang ngasta pusaraning paprentahan (ratu lan patihipun).

Nuwun, kula jugag samantên andharan kula. Kula ngrumaosi bilih atur kula ingkang anggêladrah punika, tamtu kathah tuna dungkapipun. Mila kula cadhang kanthi tangan kalih, mugi para maos sami karsa amuwung, tuwin anglubèrna pangaksama dhatêng kula.

Biyang: Marta Sleman.

--- [63] ---

Dhukun Bayi

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 30

Manawi badan dèrèng kiyat botên kenging mênyat, ingkang ngrêsiki saha nyantuni inggih frudfro piyambak. Nanging ingkang sampun kêlampahan, sawêg sadintên kemawon sampun kenging kula angge mênyat, adus piyambak, manawi tilêm sasakecanipun kemawon, saugi botên tilar pangatos-atos.

[Grafik]

Nyai: Darma Prawira.

Kula rumaos, bilih pratikêlipun frudfro anggèning têtulung wau sarwa sakeca saha mayar, manah kula tatag. Mila kula mrayogèkakên sangêt, para sadhèrèk wanita ingkang badhe nglairakên jabangbayi, karsa angagêm pitulunganipun frudfro. Emanipun dene wontênipun frudfro, punika ing jaman samangke taksih lôngka sangêt, botên môntra-môntra anyêkapi kangge kabêtahaning ngakathah.

Tutuping atur kula akanthi pangajêng-ajêng saha pêpuji, mugi-mugi ingkang wajib agalih saprêlunipun, tumuntên mêwahi kathahing frudfro ingkang saèstu agêng pigunanipun.

Nyi: Darma Prawira.

Bab Olah-Olah

II.

Jênang pêlok

Pêlok pêlêm utawi pakèl, kwèni (balung pakèl isi pêlêm wau), sawatawis kaêpe.

Yèn sampun garing lajêng kasigar kapêndhêt isinipun, têrus kaêkum, ngantos 5 dintên, nuntên kaparut, têrus dipun pêrêsi, kados mêrêsi klapa. Pathinipun, santêning pêlok wau, kaênêpakên, kabucala toyanipun. Sasampunipun makatên, lajêng dipun toyani wantah, bilih sampun mênêp, kabucal toyanipun, prêlunipun botên pait. Makatên marambah-rambah, ambal kaping 5 inggih 5 dintên. Lajêng pathi wau kaêpe sagaringipun.

Pangolahipun gêndhis (botên pilih) santên klapa, panili, sarêm sakêdhik, kacampur, kagodhong ngantos umob. Pathi pêlok wau kaêjur ing toya, sampun kêcuwèrên, kaêsokakên ing abên-abênan wau, têrus kaudhak, ngantos dados kênthêl. Bilih sampun makatên, kaêsok ing piring, dipun asrêpakên. Yèn sampun asrêp lajêng kenging kadhahar.

III.

Jênang gêmpol

Glêpung wos dipun toyani ragi kênthêl, lajêng dipun kêpêli utawi dipun glintiri, watawis sakênèkêr, nuntên kaêdang. Sasampunipun matêng, inggih punika ingkang kawastanan gêmpol.

Glêpung kêtos (kêtan) dipun toyani lan dipun glintiri kados damêl gêmpol, namung kêdah alit sadaya.

--- 64 ---

Anggodhoga: toya, gêndhis (botên pilih) sarêm, ngantos umob. Glintiran kêtos wau kacêmplungna, (gêmpolipun botên tumut) kaudhak lon-lonan.

Dangdangan wos gêmpol lan gêmpil (agêng alit) dipun santêni ingkang botên patos kênthêl, kacoloka sarêm.

Kadhahara kalihan jênang kêtos ingkang mawi gêndhis wau (raosipun lêgi) punika jodho sangêt, gurih, sêgêr, tuwuk, tur ragadipun mirah.

IV. Intip-intipan

Wos kêtos sawatawis kaêkum. Numpangna wajan ingkang sampun amoh, wêtah sakêdhik, utawi wêtah (jalaran namung bêtah sakêdhik, eman-eman manawi wajan wêtah) wontên ing latu arêng. Kêtos sagêgêm, kacêmplungna ing wajan wau, botên mawi lisah babarpisan.

Yèn toyaning kêtos wau sampun asat, kalètrèk ngantos wiyar, tipis. Lajêng kausar-usaran parudan klapa, lajêng pisang raja sairis ingkang sampun matêng, ugi kalètrèk. Bilih sampun matêng kasusuk, lajêng kadhahara kalihan gêndhis pasir. Têtêdhan makatên punika, ingkang rêmên lare alit, malah kangge Ngayogyakarta, kathah para kênya sami damêl, kasade, ngiras sinau olah-olah, tur angsal rêmên, saha angsal lintu saking pêpajênganing intipan wau.

V. Rôndha anjondhil

Tela kaspe ingkang ragi sêpuh, kaoncekan, kagirah, lajêng kaêdang samatêngipun. Bilih sampun matêng kaêlèra ngantos asrêp, nuntên kawadhahan tenggok, winoworan ragi, botên kenging mambêt, sarêm, gêndhis, brambang sapanunggilanipun, lajêng katutupana ingkang rapêt, ngantos samatêngipun (dados tape) watawis sapêkên.

Tape wau kabucala slontrotipun. Mundhuta satêngkêr (saèpèk-èpèk) kasigara ing têngah lêrês, lajêng kasukanan mêrtega, ngantos wradin, lajêng sêle (nanas) mèlêk, gêndhis pasir, ugi sarwa wradin. Nuntên dipun tangkêpakên, têrus kagarang ngantos matêng (garing).

Karajanga watawis 3 cm kanggêm pacitan ngunjuk bênteran, mathukipun: bênteran soklat mawi susu. Punika tumrap ing Ngayogyakarta nama modhèl enggal.

Saking pamanggih kula, nama makatên punika botên kok sumêdya ngrèmèhakên dhadhatêngdhatêng. golongan wanita, langkung-langkung para rôndha, babarpisan botên. Namung wontêning nama ingkang kados makatên wau, bokmanawi kapirid saking kawontênanipun, jalaran sintên ingkang sampun nate dhahar tape, môngka lajêng dhahar rôndha anjondhil, kraos eca sangêt (yèn katandhing raosing tape lugu) mila lajêng ngalêm, utawi gumun, kêlanturipun ngantos anjondhil, mila lajêng kanamakakên: rôndha anjondhil.

Dene wontêning têmbung rôndha, bokmanawi kemawon: rèhning tape punika yèn kasade limrah kirang majêng, mila ingkang wudhu wau lajêng kawastanan: randhan, utawi wudhon. Upami sêkul:... wadhang.

S. Saring Nataprajan 455,

Ngayogya.

--- 61 ---

No. 16, 20 April 1938, taun IX

TAMAN BOCAH

INGKANG NGÊMBANI: BU-MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CENTRUM, RÊGANE SATAUN F 1.50 KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN. BAYAR DHISIK. LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.

MANGSULI LAYANG

Doewi Nastiti, Blitar. Ti, ora dadi apa kowe lawas ora kirim-kirim layang nyang Bu Mar, awit lagi ribut sinau kanggo examen. Yèn kowe mêmpêng sinaumu Bu Mar ya wis bungah. Besuk dina liburan kowe mêsthine ora mulih nyang Sidarêja, ya ora pêrlu, Ti, wong mung saminggu.

Soepaydie, Lubuklinggau. Sabisa-bisa yèn gawe layang nganggo mangsi, aja nganggo potlot. Kajaba kurang cêtha, uga kurang apik. Kowe rak ya wis pintêr nulis nganggo mangsi ta, la wong wis pintêr ngêtik barang, thik arêp nglayangi nganggo potlot.

Sri Moeliati, Gadingan, Jatibarang. Karangan-karangan wis daktampa, ora liya bangêt panrimaku. Ti, aja pisan dadi atimu, karangan lan gambar bab mbathik ora bisa kapacak. Yèn cara-carane lan patrape gawe parang rusak wis apik, bênêr bangêt, nanging wangune parang rusak rada kau ora kaya parang rusak liyane. Dene parang-parang liya-liyane coba kowe anggawea, yèn pinuju kobêr sarta dhangan atimu. Bathikan parang rusak kuwi gampang, nanging sing bisa gawe parang rusak luwês arang-arang.

Roessriadi, Pacitan. Pitêpunganmu wis daktampa kanthi bungah. Sukur yèn kowe arêp milu² urun ngisèni T.B. Wah Roes, la kok apa-apa murah ing Pacitan, krambil kokloro sasèn, mangka ing Bêtawi siji têlung sèn utawa sêbenggol. Kacèke kok akèh têmên ya?

Moch. Dawami, Muntok, Billiton. Karanganmu bab gugon-tuhon wis daktampa, ora liya bangêt panrimaku.

Sriharti, Sleman, Ngayogya, lan Soegiri sarta Soekardi. Aku wis tampa layangmu lan potrèt. Andadèkake bangêt bungah lan panarimaku, nanging potrèt ora bisa kapacak ing T.B.

Soetono, Kranggan, Surabaya. Aja pisan dadi atimu karanganmu bab ''Waringin pêngantèn'' lan ''Padvinderij'' ora bisa kapacak, dene dongènge wong bucu loro, liya dina bakal kapacak. Yèn kowe arêp têpungan karo sêdulur sing ana ing Surabaya, ndêloka adrèse Timan ing Kêjawèn lawas.

Roek, Wlingi. Candhake karanganmu wis kêtampan, liya dina yèn pinuju ana papan mbokmanawa bisa kapacak.

Uncle Sum, Singapur. Bangêt panrimaku kokirimi layang lan gambar-gambar.

Saring, Magêlang. Karangan² wis daktampa manèh, ora liya bangêt panarimaku. Karangan-karangan mau, ana sing bisa kapacak, ana sing ora.

Cak Min, Malang. Pancène mono karanganmu ya apik, nanging kakehan anggonmu ngumpak.

Siti Rasmani, Solo. Aku wis tampa layang pitêpunganmu, bangêt panarimaku. Sukur yèn kowe arêp milu urun ngisèni T.B.

''Froggie'', Purbalingga. Mêsthine saiki kowe wis maca karanganmu dhèk Sêtu buri. Pangarêp-arêpku, kowe bisaa ngirimi karangan manèh nyang Bu Mar sing lucu, migunani sarta mbocahi (kinderlijk).

Handijah, Alasmalang. Pitêpunganmu wis daktampa kanthi sênênging ati. Nanging aja pisan dadi atimu karanganmu ora bisa kapacak, jalaran wis kaprah bangêt.

Soemandarjati, Blitar. Bangêt bungahku kowe gêlêm milu urun-urun ngisèni T.B.

Soedarsono, Jêthis. Aja pisan dadi atimu, gambaranmu lêlucon ora bisa kapacak, kurang apik.

Layang liya-liyane bakal dakwangsuli Sêtu ngarêp.

Bocah-bocah, barêng iki aku awèh wêruh nyang kowe kabèh, manawa adrèse Bu Mar wiwit sasi Mèi tanggal siji, disalini mangkene:

Bu Mar

Vliegveldlaan 67.

Batavia-Centrum.

Aja dikira Bu Mar ngalih omah lho, mêngko banjur dipadhakake kucing bae, bola-bali ngalih, saiki mung diganti nomêring omah dening Gemeente. Dadi yèn kowe padha ngirimi layang nyang Bu Mar, poma aja kliru nomêre, mundhak kêsasar ing omah Walanda.

Bu Mar.

--- 62 ---

DONGÈNGE KI BADJAG

Ing jaman kuna ana wong aran Ki Badjag, dêdêg-piadêge sêdêng, dhasar brêngose sakêpêl sisih, godhèg wok simbar dhadha, tênagane ketoke sêntosa bangêt. Yèn wayanga, mèmpêr satriya ing Lesanpura, Radèn Ario Setyaki. Ki Badjag mau cugêtan atèn, yèn prentah apa-apa marang bojone, mangka ora enggal-enggal dilakoni ora luput sing wadon kêtiban têmpiling.

Anuju sawijining dina sing wadon dikon ngadhang wong, karêpe yèn anaa sing gêlêm arêp diajak adu kêrosan. Sapa² sing bisa ngalahake, omah lan pakarangane Ki Badjag diwènèhake. Ananging siji bae ora ana sing gêlêm, malah padha duwe pangira yèn Ki Badjag rada ora jêjêg pikire. Saka mantêpe anggone nêdya golèk mungsuh, dilalah nalika sing wadon dikon ngadhang, nêmoni wong gagah birawa, karosane, gêdhe dhuwure tikêl têlune Ki Badjag. Wong mau jênênge Ki Rodhamênggala. Wong iki sadina-dinane iya pijêr golèk mungsuh, mulane barêng dikandhani dening Ni Badjag, bungahe kaya nêmu dhuwit sakanthong.

Satêkane ing ngarêp omahe Ki Badjag, Ki Rodhamênggala dikon ngêntèni ing lawangan, dene Ni Badjag arêp ngandhani sing lanang. Sasuwene sing wadon marani, Ki Badjag nginjên saka jêndhela, bangêt gêmêtêre dene ana wong kok samono gagahe, lan ngrasa ora kaconggah nandhingi. Sing wadon calathu: ''Wong lanang iku ana wong kang saguh mungsuh awake, wis mrana êndang mêtua.'' Sing lanang mangsuli lirih: ''Wong wadon! Wis mrana kandhaa yèn aku lunga, supaya wong iku bali, sabab takrasa aku ora bakal wani.'' Sing wadon cêlathu manèh: ''Lah mêngko yèn wong iku mlêbu mrene, gèk kapriye akalku.'' Sing lanang nyambungi: ''Wis mangkene bae, brêngosku cukurên, lan êndhasku pisan, nuli gêdhongên, banjur yunên sacara bayi lan mêngko aja kok aku bojomu, akunên anakmu, dene bojomu kandhakna yèn lagi lunga mênyang sawah lagi êntas bae.'' Sing wadon nurut apa prentahe sing lanang, lagi bae diyun Ki Rodhamênggala ora sranta enggal mlêbu mênyang omahe Ki Badjag, cêlathune sajak nêsu, awit wis suwe ênggone ngêntèni ana ing lawangan, têmbunge sora: ''Eh, êndi wonge sing ngajak mungsuh karo aku?'' Ni Badjag mangsuli karo gêmêtêr: ''O, kisanak aja pisan dadi atimu, wong lanang lunga mênyang sawah lagi êntas bae, mau dhèk aku diprentah isih ana ing omah, lungane aku ora wêruh.'' Ki Rodhamênggala takon manèh: ''Lah iku sing ana ing yun-yunan sapa?'' Ni Badjag mangsuli: ''Ya iki anakku kang nêmbe lair, saprene wis olèh pêndhak pasar!'' Ki Rodhamênggala barêng wêruh kang diyun samono gêdhene rumasa wêdi bangêt, ing batin cêlathu: ''Lah dalah, lagi anake bae samono gêdhene mendah bapakne, sapira gêdhene?'' Anggraita mêngkono karo mlênggong wulune ngadêg kabèh, saking wêdine. Tanpa nyuwara lan ora pamitan klepat bali mulih rêrikatan, kuwatir kêprêgok karo Ki Badjag.

Wiwit ing dina iku Ki Badjag kadunungan ati sabar, ora tau ngangsa-angsa, awit duwe pangrasa ana gêdhe, gêdhe manèh, ana rosa, rosa manèh.

Mangkono uga Ki Rodhamênggala kapok ora tau nglakokake adigang adigung adiguna kaya sing uwis-uwis.

Sri Moeliati M. Hoed.

Gadhingan, Jatibarang.

KALANTIPANING PULISI

Nalika telefoon ing tanah Jawa kene durung sumêbar, wong-wong durung sêpiraa kang ngêrti gunane lan paedahe. Yèn ana wong gunêman ing telefoon, wong kang wêruh padha gumun, dene ana wong gunêman ijèn. Sajake kaya gunêman karo wong liya, kang tunggal sapangarêpan. Malah ana kang ngira yèn piranti mau bisa gunêman dhewe, samangsa diajak gunêman.

Ing nalika samana ana sawijining pulisi lagi ngudi katrangan kadursilan. Nanging wong kang didakwa ora gêlêm ngaku, sanadyan wong kang didakwa mau nyata, mêksa ora gêlêm ngaku. Kang mêngkono iku wis lumrah, arang wong kang gêlêm ngakoni marang kaluputane dhewe. Apa manèh ngêrti yèn bakal digantungi paukuman.

Pulisi mau nganti judêg, diingar-ingêr pitakone mêksa ora gêlêm ngaku. Nuli nêmu akal, wong mau banjur dikon ngrungokake ing telefoon. Sarta dakwa mau dikandhani yèn piranti mau ora bisa goroh, apa saunine mêsthi nyata. Wonge mau iya wêdi dikandhani mangkono iku, awit pangirane telefoon iku bisa gunêman dhewe. Pulisi nuli akon marang upas nyingkirake dakwa mau, banjur telefoon mênyang pulisi liyane, wose mangkene:

''Mêngko yèn sing nampani telefoon wong kang didakwa dadi dursila, dikon gunêman mangkene: ''Yèn kowe ora gêlêm ngaku, lan ora gêlêm nuduhake barang-barang colongan, bakal daktumpês kelor saanak bojomu!''

Barêng wis rampung, dakwa diundang lan dikon ngrungokake telefoon. Dakwa barêng krungu unine telefoon mau, kagèt, dene ana swara saka kono kang nguwas-uwasi ati.

Wasana dakwa mau ngaku, sarta nuduhake barang-barang olèhe maling. Dakwa dadi pasakitan, sarta diukum samurwate. Dene pulisi kang limpad mau tampa ganjaran saka panggêdhene.

Moh. Komar, Surakarta.

--- [63] ---

SING WÊLAS MARANG SATO KEWAN

Ana sawijining bocah aran Sariman. Sariman iku nakal bangêt, gawene sok nyikara kewan. Biyunge wis kêrêp bae nyrêngêni, nganti kêna diparibasakake ''Lambe satumang kari samêrang'', nanging Sariman mêksa ora ngrèwès.

Ing sawijining dina, nuju dina Ngahad êmbok lan bapakne lunga mênyang kutha. Sariman kèri ana ngomah karo adhine. Sariman kandha karo adhine kang aran Sarinah: ''Nah, aku arêp mênyang sawah mlinthêng blêkok. Siji takdol payu sêkêtip.''

Sarinah mangsuli: ''Apa kowe ora mêsakake? Yèn kowe takplinthêng apa gêlêm?''

Sariman ora mangsuli têrus lunga. Barêng wis têkan sawah dhèwèke banjur golèk pandhêlikan, supaya blêkok-blêkok ora wêruh dhèwèke. Sêdhela bae wis olèh loro. Nganti suwe blêkok² liyane ora padha bali. Nanging suwe-suwe ya ana. Dilalah anggone mencok cêdhak pandhêlikane Sariman. Blêkok kuwi banjur diplinthêng dening Sariman, nanging ora mati, jalaran kêna suwiwine. Anggone mabur ngrêkasa bangêt, awit suwiwinine sèngklèh, sêdhela-sêdhela tiba. Sariman enggal-enggal nututi lan ora suwe blêkok mau banjur kêcêkêl. Sariman nuli njupuk lading kanggo nyêmbêleh blêkok mau. Sikile blêkok diidak lan êndhase dicêkêli karo tangan kiwa. Nanging anèh bangêt, barêng lading mau ditumpangake ing gulune blêkok, blêkok mau bisa calathu, sambate: ''O, manungsa! Apa kowe ora mêsakake marang aku? O, mêsakake têmên anakku isih padha cilik-cilik. Yèn ora ana mbokne mêsthi bakal mati. Awit durung bisa mibêr. O, nggèr, êmbokmu arêp dipatèni.''

Sariman barêng krungu sambate blêkok mau, banjur kamitênggêngên. Ladinge tiba lan blêkok diculake. Blêkok nuli mabur. Sariman banjur mulih anggawa blêkok mati loro. Satêkane ing omah, disèlèhake ing èmpèr buri. Sawise mangan banjur maca buku karo ngêntèni wong tuwane kang lagi padha nyambutgawe. Nanging nganti suwe, bapa biyunge ora têka-têka, mangka adate jam 4 wis padha mulih. Diêntèni nganti jam 7 mêksa durung padha têka. Sariman tansah kelingan dhèk awane ana ing sawah lan uga tansah rungonên têmbunge manuk blêkok mangkene: ''O, culna, aku arêp ngloloh anak-anakku.''

Pikire Sariman: ''Bapak lan si êmbok mêsthi nêmu kacilakan. Yèn ora, jam 5 rak ya wis mulih.'' Sariman banjur mênyang dalan gêdhe. Saka kadohan wis ketok ana ting, atine bungah bangêt, dikira yèn kretane bapakne. Nanging kêbungahane mau banjur ilang sanalika, amarga ting mau mung siji, mangka tinge kreta sing sabêne ditunggangi bapak lan êmbokne loro. Sing nganggo ting siji mau pit. Barêng wis cêdhak, wong sing nunggang pit mau mudhun, banjur calathu: ''O, Man, bapakmu kêcilakan. Jarene kagèt, dokare nggoling. Bapakmu kêbanting mêtu, nanging êmbokmu isih ana ing jêro bae. Kabèh mau wis kêtulungan lan sadhela manèh padha têka. Wis kana mlêbua ngomah, aja nang dalan bae!''

Sariman mulih, atine sêdhih bangêt. Wayah iku pangrasane suwe bangêt, daya-daya arêp wêruh wong tuwane gèk kaya apa kêdadeane. Ora suwe dhèwèke krungu swara gumlêdhêg. Nyata dhokar sing ditunggangi bapakne, êmbokne têrus digawa mênyang kamar, sêbab durung eling.

Esuk umun-umun Sariman wis tangi, nuli nyapu ana buri omah. Ana ing èmpèr dhèwèke wêruh blêkok loro kang diplinthêng wingine. Blêkok mau nuli dipêndhêm. Sariman rumasa olèh piwalês, êluhe crocosan ana pipine, lan wiwit dina iku Sariman ora manèh-manèh nyikara kewan.

Sanjoto, Batavia-Centrum

TILPUN KLÈNTU INGKANG NAMPÈNI

[Grafik]

Suara ing tilpun: ''Pak mangke manawi kondur dipun aturi lajêng mampir dhatêng dalêmipun pak Sastra, ibu sampun ngêntosi, badhe kasukan.''

Tuwan pangagêng: ''Hê-ê.''

Tuwan lajêng nimbali juru sêratipun, saha lajêng dhawuh: ''Parta, mêngko yèn mulih, kowe kon mampir mênyang omahe Sastra, diêntèni bojomu, dijak main.

Parta: ''Kula botên nate main, sintên ingkang cariyos.''

Tuwan: "Anakmu dhewe sing tilpun mrene."

--- [64] ---

ANANE DÊGAN KANGGO DULANG BAYI

(candhake)

Si ula wus kêtêmu mati, amarga dicêngkêrêm kokokbêluk sarosane, dene si kodok isih mêlilik kêmpis-kêmpis. Sanalika si kodok diuculi dening R. Sêputra saka cangkême ula sarta dingandikani mangkene: ''Wis kodok, enggal mêncolota marang grumbul aja nganti konangan satrumu manèh. Kowe sawijine bêburon kang ringkih, dadi satindak sapolahmu kudu ngati-ati.'' Si kodok bangêt bungahe sarta banjur mancolot ing grumbul têrus ngêlèng ana ing sangisore watu gêdhe kang tinêmu ing grumbul kono sarta tansah mikir-mikir apa kang wus dilakoni. Sakabèhe kêthèk lan lutung ora kèri buja wiwaha marang R. Sêputra sakarone. Ora kêndhat padha ngaturi wowohan ing ngarsane sang bagus. Nadyan pating cruwèt kaya ngapa, R. Sêputra ngêrtos manawa sakabèhe kêthèk bêntung padha ngeman marang sarirane, tandhane padha ngaturi dêdhaharan: manggis, dhuku sapanunggalane kang banjur didhahar agawe marêming panggalih.

Ing sarèhne wus rada lawas ora bisa sare-sare yaiku amarga saka kaanan kang wus kasêbut ing dhuwur mau, ing sawuse padha dhahar wowohan tingale karone ora kêna disayuti tansah pêt-pêtan kraos ngantuk sarta padha sare sumendhe ing wit gurda. Kocapa sajrone satriya sakarone angêmbêng waspa amarga saka susahing panggalihe agawe gonjinge kraton Buta kang dumunung ing sacêdhake kono, yaiku kang jêjuluk kraton ''Gandarwamuka,'' ratune jêjuluk sang prabu ''Rêsi Gandarwa Peto.'' Ratu buta iki wis sêpuh sarta mandita kagungan putra putri pujan endah ing warna kêkasih Dèwi Totok Kêrot. Sanajan endah ing warna, nanging wong ya buta. Paèsing wadana pancèn iya ayu kinyis-kinyis, nanging sangisoring jangga mangisor, wadhuh gêdhe amblegung sagajah abuh. Putri buta iki isih kênya, matur marang sang rama: ''Dhuh-dhuh ramak-adhuhramak!'' Mungguh tataha ature. ''Dhuh, jêng rama.'' ''Niki ontên dalah napa, dintên panas golèh-golèh (punika wontên kêdadosan punapa dene bêntèripun mbotên kantênan).'' Kanthi suwara kang gumlêgêr, pangandikane sang prabu: ''O, we ladalah! Putrangang kang glandrug-glandrug, wêruhamu ing nêgara kene kêtêkan patriut bagug lorèng lumpung karo gruwane. Saka bantasing goleh nèrtani gojag-gojêg nêgara.'' (O, nggèr, putraku wong balindrik, wêruhanamu ing nêgara kene kêtêkan satriya bagus lara-lapa karo garwane. Saka bêntère panuwune mahanani gonjinging nêgara kene).

Mêngkono pangandikane (satêruse aku ora bakal ngrokake manèh imbal wacanane sang rêsi karo putrane, sapisan aku ora apal, kapindhone mundhak mêrtal barang, agawe sêsaking Kêjawèn, iya apa ora?). Sang putri banjur matur manèh: ''O rama, manawi makatên, kaparênga kula ngupadosi satriya bagus wau, awit kula kêdah sumêrêp.'' ''Eeee'' aja lho, aja kowe bocah cilik ana ngomah bae, iku satriya lêlana mbêbayani, ora kêna ginagampang, nggèr.'' Ing sarèhne putri buta mau adrêng kêrsane, mulane banjur matur: ''Botên rama, kula badhe ningali sakêdhap kemawon.'' Ing sanalika iku sang putri banjur mumbul ing langit, kêrsane mriksani saka dêdhuwuran, supaya enggal lakune. Ora watara suwe priksa ana teja sumunar sadhuwuring wit gurda kang disèndhèni R. Sêputra. Sang putri buta tumiyup ing wit gurda sêsingidan ana ing progok dhuwur. Barêng mriksani kaanane R. Sêputra mèh sumaput amarga kasmaran.

Saka dêdhuwuran dhawuh ing batos: ''Dhuh kakangmas, mangga kula gendhong.'' Sawuse garjita kang mangkono banjur kagungan panggalih kapriye bisane R. Sêputra pisah karo garwane kang tansah ora bisa uwal saka anggone sih-sinisihan. Ing sarèhne Dèwi Totok Kêrot iku sêkti mandraguna, mula ora kewuhan marang sakabèhe kang bakal ditindakake. Ing kono Sang Dèwi tumurun sawatara dohe saka padunungane R. Sêputra. Sakala Dèwi Totok Kêrot muja sêmèdi jlêg dadi nini-nini sarta amrêpêgi R. Sêputra lan garwane. Têmbunge: ''O, ênggèr, têka mêmêlas têmên kaananmu ana kene. Sapa aranmu lan ngêndi padununganmu, manawa kawawa aku niyat têtulung karo kowe.'' Radèn Sêputra mirêng suwara kang bêning ana sajroning pasupênan. Barêng wungu amriksani nini-nini wungkuk ana ing ngarsane. Wedanane diraupi sarta angudaraos: ''Aku iki mêlèk apa ngimpi.'' Samono uga garwane ing panggalih kraos adêm-panas bungah-susah. Alon pangandikane R. Sêputra ''Mêngko ta nini, kowe apa manungsa apa jim priprayangan?'' Wangsulane nini-nini: ''Aku iki salugune manungsa kang sinêtrakake marang lakiku ana ing alas kene amarga ora duwe anak. Dene padununganku ing wetan bênêr kiyi. Manawa kêparêng aku nyuwun sumêrêp, apa karsamu ana ing kene sarta êndi pinangkamu?'' Têmbunge R. Sêputra: ''Simbah, kula niki putra Jênggala badhe pados kidang kêncana nanging tansah karibêdan amargi ginubêl ing garwa kula niki, punapa simbah sagêd madhangake pikir kula?''

Ana candhake.

--- [493] ---

Ôngka 33, Stu, Pn, 22 Sapar, Jimawal 1869, 23 April 1938, Taun XIII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan... f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt - Tamu Agung ing Karaton Surakarta - Konprènsi Ansuru Nahdatul Ulama saindênging tanah ngriki ingkang kaping III ing Kudus - Bab Badhaya Srimpi - Pajagèn Bêbaya ing Gêgana - Konggrès Perdi - Wilujêngan ing Patênggêran - Bab Suryawirawan - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Pangungsêt

Kirang langkunging panganggêp

Pinanggihipun ing jaman sapunika, tumraping para ngudi babagan ngèlmi kabatosan sampun sarwa botên kêkirangan pitêdah, manawi mirid saking kawontênaning buku-buku, kenging dipun wastani sampun ngêmbrah, andharanipun sami sae-sae, kaladuking panyuraos, amastani manawi sampun ngêblak sangêt. Manawi mirid tataning paginêman, ing sapunika kenging dipun wastani sampun nracak, botên namung para sêpuh kemawon, sanadyan para anèm, sampun sami limpad angginêm babagan ngèlmi kabatosan, kêladuking ginêm lucon amastani kados numpak oto bikak tendha, katingal: ngegla. Cêkakipun bonggan sira manawi ing jaman sapunika tiyang botên purun ngudi babagan makatên.

Nanging tumraping golongan kolot wontên ingkang taksih ngugêmi, mênggahing babagan kabatosan, punika botên sagêd dipun êblak ngantos cêtha, awit saupami nyata kenging dipun êblak, tuwin sagêd lajêng kacakup, tênèh lajêng kathah wali pating bêgogok.

Manawi ngèngêti kêkajêngan warni kalih punika, wontênipun ing batos lajêng pabên piyambak, pundi ingkang lêrês, pundi ingkang lêpat, awit ngeglaning andharan, tuwin pêtênging pitêdah, punika manawi dipun gagapi saking raos kêbatosan, sami angèl sadaya. Upaminipun, tumrap cêthaning ginêm: tiyang badhe sampurna ngèlminipun, punika kêdah nyumêrêpi badanipun piyambak, lampahipun makatên, kanthi wêwaton cêtha, ingkang cocog kalihan kawruh. Satunggalipun amastani ugi makatên, nanging wêwatonipun namung: cêkake lakonana.

Wêwaton kalih warni wau pancèn sami lêrêsipun, satunggal mawi pathokan kanyatan, wiwit tumindak tansah rambatan kanyatan. Satunggalipun lambaran kanyatan sumendhe dhatêng êmbuh. Tuwin sarèhning sadaya wau nyatanipun sawêg tumindak, dados lampahipun wau nama sami amurugi prahtèkên agêng.

Inggih ing ngriku punika cêngkahing pangudi babagan kabatosan ingkang dhêdhasar kapintêran tuwin dhêdhasar kabodhoan. Nanging manawi ngèngêti kajênging prahtèkên, ing ngriku katingal, bilih botên wontên bodho tuwin botên wontên pintêr ingatasing babagan kabatosan, namung gumantung kawicaksananing batos.

Cêkruktruna.

--- 494 ---

Tamu Agung ing Karaton Surakarta

Tumrap karaton Surakarta, punika kêrêp katamuan para agêng saking mônca praja, mila botên anèh bilih kawontênanipun praja Surakarta ugi misuwur ing pundi-pundi.

[Grafik]

Paduka Tuwan Lord Gowrie (Gupêrur Jendral ing Ostraliyah), Sampeyan Dalêm Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana, saha Paduka Tuwan Orie (Gupêrnur ing Surakarta) jumênêng wontên ing palênggahan dalêm bale bukasri, ing karaton.

Sampun dangu wontên wartos bilih Paduka Lord Gowrie Gupêrnur Jendral ing Ostraliyah badhe rawuh ing tanah ngriki saha badhe mampir mara tamu dhatêng karaton Surakarta.

Miturut tatacara karaton ing Surakarta, samôngsa wontên tamu agung mawi ngawontênakên pranatan ing bab lampah-lampah punapadene pahargyan sapanunggilanipun.

Kalampahan kala tanggal 4 wulan April punika Paduka Lord Gowrie rawuh ing Surakarta saking Surabaya. Ing kala punika lampah-lampahipun, ingkang mêthuk dhatêng Sêtatsiyun Balapan, tuwan gupêrnur sakalihan B.K.P. Hangabèi, pêpatih dalêm B.K.P.H. Kusumayuda, pangagêng militèr tuwin pangagêng Walandi sanès-sanèsipun.

Jam 9.36 sêpur saking Surabaya ingkang dipun titihi Paduka Lord Gowrie dumugi ing SêtatsipunSêtatsiun. Balapan. Tumêdhak saking sêpur dipun urmati musik lagu Wilhèlmês, têrus bidhal dhatêng karaton, nitih oto karaton, dipun garubyug wadya kapalan. Jam 9.45 dumugi karaton, Sampeyan Dalêm Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana sakalihan Gusti Kangjêng Ratu Êmas, mapag rawuhing tamu.

--- 495 ---

Sasampuning satata lênggah pinahargya srimpèn. Ing ngriku Paduka Lord Gowrie dipun aturi jumênêngan apênthol êmas pinatik ing sêsotya, mawi ukir-ukiran P.B.X. Kajawi punika dipun aturi gambar dalêm pinalangkan salaka.

Jam sawêlas kirang saprapat, Paduka Lord Gowrie pamit badhe nglajêngakên têdhak ing Ngayogya, nitih oto karaton.

Konprènsi Ansaru Nahdatul 'Ulama' saindênging tanah ngriki ingkang kaping III ing Kudus.

Nama Ansaru Nahdatul 'Ulama' punika N.O. golongan neneman. Pakêmpalan wau mêntas ngawontênakên konpêrènsi wontên ing Kudus, kathah ingkang sami anjênêngi. Mèh sadaya pang-pangipun cacah 23 sami ngintunakên wêwakil, wontên ingkang saking Borneo punapa. Ing kala punika ugi mawi kawontênakên barising para padpindêr saking Surabaya, Pasuruan tuwin Malang, kintên-kintên wontên 100.

[Grafik]

Konprènsi nalika ngawontênakên parêpatan umum ingkang pungkasan.

Ing parêpatan ngriku kathah rêmbag wigatos ing bab babagan A.N.O. ingkang adamêl gambiraning para ingkang sami wontên ing ngriku. Makatên ugi tumraping golongan sanès ugi kathah ingkang migatosakên, katitik saking wontênipun telêgram-telêgram kintunan saking sanès panggenan, ingkang suraosipun suka wilujêng dhatêng parêtanparêpatan. wau. Sêrat-sêrat wau kintunan saking Palembang, Padhang, Samarindhah, saking up bêstir Partai Arab Indonesia ing Bêtawi, up bêstir J.I.B. ing Sêmarang tuwin sanès-sanèsipun. Kajawi punika inggih kathah kintunan sêkar.

Konprènsi punika pinanggih adamêl marêm, punapa rêmbagipun pinanggih mêntês, para ingkang sami parêpatan katingal sami grêngsêng.

Miturut rêmbag, konprènsi ingkang kaping IV badhe wontên ing Pamêkasan, Madura.

--- 496 ---

Kagunan Jawi

Bab Badhaya Srimpi

Sambêtipun Kajawèn nomêr 30

Kula ngraos eman sangêt, dene botên wontên pèngêtanipun satunggal-satunggaling para êmpu ingkang kacathêt asmanipun, awit miturut mêgaring kawontênan ingkang samantên kathahipun punika mokal sangêt manawi namung dipun sarirani êmpu satunggal kalih kemawon. Sanadyan Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Buminata punika êmpuning karawitan ingkang agêng, ananging bab punapa ingkang cêtha mêdal saking pamanggih dalêm, punika botên têrang, awit botên dipun pèngêti, makatên ugi êmpu sanèsipun, inggih tanpa pèngêtan, dados kamêgaran wau lajêng botên kenging kangge ngluhurakên asmanipun ingkang kagungan pamanggih, awit sintên botên kantênan. Kados ta ingkang mulang jogèd dhatêng Gusti Kangjêng Ratu Kancana (Bok Lara Bêruk) punika sintên, botên wontên pèngêtanipun, manawi kasagêdan ingkang kados makatên wau tanpa guru rak inggih mokal. Sanadyan gurunipun wau botên sampurna panjogèdipun, nanging rak inggih nama tiyang linangkung, awit sagêd ngrakit tataning solah ingkang kathah sêsambêtanipun, ngantos katindakakên sak jam dangunipun. Dene saening jogèdipun kawon kalihan ingkang dipun wulang punika, dene nalar ingkang anèh, awit saening jogèd wau botên namung saking mêmêting wulangan, ananging wontên bab ingkang dede prakawis wulangan, inggih punika, 1. Saening pasariran, 2. Saening pasuryan (rai), 3. Kajatmikan wingiting polatan ingkang sajak ngandhut wêweka, 4. Cak-cakan tandhuking raos nglêbêt dados saening jogèd punika kajawi mêmêting wulangan, ugi gandhèng kalihan dhêdhasaran kodrating tiyangipun, mila sanadyan jogèdipun sampun nama mêmêt kaprigêlan lan wêwilêtan lêlêmêsaning solah gathukipun kalihan wiramaning gêndhing, nanging manawi pawakanipun awon, jogèdipun inggih awon. Sanadyan jogèdipun sarwa lêrês, tur pawakanipun sae, nanging manawi rainipun kêpu, bêngêp, perot, domblèh, manyul, mlolo, pèsèk, mrongos, kincêr utawi cacad sanèsipun, jogèdipun inggih awon. Sanadyan pawakan, pasuryan lan solahing panjogèd sampun lêrês sadaya, nanging manawi polatanipun kopong utawi bêsêngut, punapadene jlalatan, trêkadhang lambenipun prengas-prèngès, klomat-klamêt, klecam-klècêm, punika jogèdipun inggih awon, sanadyan sakawan bab wau (solah-bawa, pawakan, praean, polatan) sampun sarwa lêrês lan manggèn (lêbda), ananging manawi cak-cakaning raos ing nglêbêt kêkêncêngên, utawi kêkêndhon, punapadene grag-grêg sajak ing nglêbêt botên isi raosing jogèd lan gêndhing, punika dipun sawang inggih botên sae, saya malih manawi ing nglabêtnglêbêt. isi pamèr utawi mêmpêng, punika lajêng dados jogèd wadhag, groboh,

--- 497 ---

ingkang botên damêl sêngsêmipun para ningali, malah lajêng sok ewa, sabab ingkang anjogèd wau raosipun botên murni, inggih punika kêrêgêdan kamêmpêngan utawi gêmbèlènganing raos niyat mamèrakên kabrêgasaning panjogèdipun. Malah sampun kêlimrah dados têmbungipun para ahli karawitan, manawi wontên tiyang nabuh utawi anjogèd, punapadene rêngêng-rêngêng ingkang cak-cakaning raos nglêbêt botên sae, punika anggènipun mastani makatên: la ya pintêra baut kae, ning wong rasane langu. Awit saking jogèd punika prêlunipun adamêl endahing sêsawangan, ingkang dipun wadhahi laguning gêndhing, dados saening jogèd punika kêdah sagêd tumanduk dhatêng raos kalih warni, inggih punika raosing sêsawangan, kalihan raosing pamirêngan. Wondene raos kalih warni wau babarpisan botên kenging kapisah, têgêsipun sanadyan wontên tiyang anjogèd ingkang sae sangêt jogèdipun, dalah pawakan, praean, polatan, raos ing nglêbêt, punapadene panganggèn lan panggenanipun botên wontên ingkang nguciwani, lan umuripun ingkang anjogèd wau taksih nèm, wosipun ing sawangan botên wontên cacadipun, ananging manawi panjogèdipun botên mawi dipun gamêli, punika endah adiluhunging jogèd sirna amblêg sanalika, malah lajêng gadhah sipat tiyang ingkang kirang saras èngêtanipun. Makatên punika manawi panjogèdipun botên gandhèng kalihan bab sanès ingkang mêngku kaprêluwaning pangudi sapanunggilanipun, kados ta kangge ngajar, sawêg ajar, utawi kangge mangsuli supados èngêt sabab badhe dipun gêbyagakên, punika inggih botên gadhah sipat kados tiyang ingkang kirang saras èngêtanipun.

[Iklan]

Dumugi samantên katrangan kula bab karawitan ing Surakarta, sanès dintên badhe kula lajêngakên, sagaduking sêsêrêpan kula.

Kodrat, Batawi Sèntrêm.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 4515 ing Gêdhangan, - B. Arta kêdah rumiyin.

Lêngganan nomêr 1325 ing Purwarêja. Kenging.

Lêngganan nomêr 1718 ing Surakarta. Lêngganan kapetang wiwit ½' 38 botên angsal bêbingah.

Lêngganan nomêr 3707 ing Klathèn. Panjênêngan botên angsal bêbingah, jalaran wulanan.

Lêngganan nomêr 5087 ing Sapuran. Lêngganan kapetang wiwit ½' 38 botên angsal bêbingah.

--- 498 ---

Pajagèn Bêbaya ing Gêgana

Sambêtipun Kajawèn nomêr 31/32

Gas-gas golongan kaping 3

Gas-gas ingkang adaya wisa, inggih punika koolmonoxyde lan blauwzuur.

Kapisan. Koolmonoxyde, punika sagêd kadadosan manawi wontên dilah nglangês, manawi barang dipun bêsmi dipun tutupi, wusana hawa zuurstof botên sagêd lumêbêt cêkap, kadosdene tiyang damêl arêng, utawi malih manawi campuran bènsin lan hawa kangge mlampahakên motor, kêkathahên bênsinipun.

Koolmonoxyde punika langkung ènthèng katimbang hawa, pramila awis nêja dipun damêl kangge dêdamêl pêrang. Nanging gas punika kadadosan ugi manawi wontên bom-bom utawi mimis mriyêm anjêblug. Manawi wontên satunggaling panggenan dipun jawahi bom utawi mimis, gas wau sagêd ngantos kandêl wontên ing hawa, punapa malih ing panggenan ingkang katutup, kados ta wontên ing salêbêting gêdhong.

Tiyang ingkang kalimput ing gas Koolmonoxyde badan kraos lêsah, lêmês tanpa daya, ngantos tiyang wau botên sagêd kesah mêdal saking limputan gas wau. Asring-asring sasmitaning bêbaya wau: sirah ngêlu, pamirêngan gumrêbêg, botên têrang ing paningal, lan padharan sakit. Rai pucêt (asring-asring abrit) lambe biru (awis sangêt ingkang lambenipun têtêp limrah). Ambêgan rikat lan lêbêt, lajêng dados ngambang, pungkasan kèndêl.

Mênggah ingkang nyababakên makatên: tiyang ambêkan punika nglêbêtakên hawa zuurstof dumugi ing gombyokan kanthongan paru. Ing ngriku hawa zuurstof nrabas kulit kanthongan wau manjing ing bageyan rah abrit. Wangsulipun saking bageyan rah abrit oncat koolzuur ingkang dipun napasakên mêdal.

Koolmonoxyde wau gampil manjing dados satunggal kalihan abriting rah, ngantos zuurstof botên sagêd nyampur, wusana badan kêkirangan hawa zuurstof.

Kaping kalih Blauwzuur.

Sanajan awis dipun angge, awit langkung ènthèng katimbang hawa, kangge pêpak-pêpak prêlu dipun andharakên ing ngriki.

Blauwzuur punika anggônda kados amandhêl pait (bangsaning kênari) budin (pohung babi) ingkang katanêm ing ondêrnèmêng prêlu namung kapêndhêt pathinipun kemawon, wontên Blauwzuur ripun, mila manawi dipun têdha mêjahi.

Tiyang ingkang kenging wisa Blauwzuur anandhang: sirah ngêlu lan pating crêkot, sakit ing bageyan jantung, manah dados ajrih, gulu kados dipun têkêk, ambêkan nêsêg, mlêbêtipun napas angèl, mêdalipun alon, asring-asring kados ayan. Ambêkan ngambang, wusana kèndêl.

Tumimbalipun kawontênan ing nginggil wau sagêd rikat.

--- 499 ---

[Iklan]

Pêpèngêt

1. Koolmonoxyde kadadosan manawi wontên bom-bom lan mimis mriyêm anjêblug, tanpa warni lan tanpa gônda.

2. Sasmita: sirah ngêlu, pamirêngan gumrêbêg, paningal suda, padharan sakit, lêmês tanpa daya. Sasmita punika beda kalihan tanjanipun, phosgeen, chloorpicrine utawi arsinen.

Dayaning Blauwzuur mèmpêr chloorpicrine, namung botên damêl watuk lan sakit ing badan bageyan jantung, asring damêl kados ayan.

3. Pitulunganipun kapisan:

a. Tiyang ingkang kalimput ing gas, kabêkta dhatêng hawa ingkang rêsik.

b. Badan dipun kêmuli.

c. Manawi ambêkan sampun ngambang utawi ical, dipun tindakakên tatanan anggugah ambêkan (kunstmatige ademhaling).

d. Manawi wontên pirantos zuurstof, dipun sukani zuurstof.

e. Tumrap gas-gas kasêbut ing bageyan sapisan lan kaping kalih (chloorpicrine, phosgeen, arsinen) botên kenging dipun tindakakên tatanan anggugah ambêkan.

R. Pringga Diarja

Leider gas sectie G.G.D. Bat.

Bab Buku

Redhaksi Kajawèn nampèni buku-buku saking Triyudaya ing Ngayogya, awarni:

1. Lectuur Wigatosing Waosan Katoliek, aksara latin. Ukuran alit, isi 23 kaca. Dening A.J. Siswa Subrata. Suraos ing bab awon saening waosan. Rêgi f 0.17.

2. Pers lan Journalistiek Katoliek. Aksara latin, ukuran alit, isi 26 kaca. Kaimpun dening Rama Al. Soegijapranata S.J. Suraosing buku wau ngandharakên ing bab caraning tumindakipun ngarang ing sêrat kabar ingkang gêgayutan kalihan babagan Katolik. Rêgi f 0.17.

3. Gomma Galgani, aksara latin. Ukuran alit, isi 33 kaca. Dening "Sint Paulussectie'' Seminarie Djokja. Ngandharakên lêlabêtanipun Beata Gemma Galgani, ing bab kautamèning wanodya ingkang lèrèg dhatêng kasucian. Rêgi f 0.18.

4. Elmoe Bebrajan II, III tuwin IV. Aksara latin. Ukuran cêkapan, isi 16 kaca, 16 kaca tuwin 28 kaca. Dening Prof. Dr. J.J. van Rijckevorsel S.J. Kajawèkakên dening F. Oetaya. Suraosipun mratelakakên prakawis-prakawis ingkang prêlu-prêlu bab dumadosing nagari sapanunggilanipun. Rêgi f 0.15 f 0.15 tuwin f 0.17.

Buku-buku wau kawêdalakên dening Triyudaja ing Ngayogya. Bale Pustaka botên sade.

Redhaksi Kajawèn ngaturakên panuwun.

--- 500 ---

Konggrès Perdi

Kala taun 9-10 wulan April punika, Perdi (Persatuan Djurnalis Indonesia) sampun kalampahan ngawontênakên konggrès, manggèn wontên ing gêdhong Himpoenan Soedara ing Bandhung.

Adêging Perdi punika sampun kawan taun, adêgipun kenging dipun wastani tansah moglak-maglik, saha dèrèng sagêd nêtêpakên punapa ingkang dados ancasipun, makatên ugi ing bab anggèning ngawontênakên konggrès ingkang sampun, dèrèng kasumêrêpan ingakathah, kadosdene sawêg pados margi.

[Grafik]

Para jurnalis ingkang sami dhatêng ing konggrès

Wontêning konggrès ingkang mêntas kalampahan punika, sampun katingal tandang saha ancasipun. Mila inggih kathah ingkang sami migatosakên, dipun rawuhi para pangagêng nagari punapadene wêwakiling parentah, saya tumraping golongan jurnalis, mèh sadaya sami dhatêng, inggih punika saking Jawi Kilèn, Jawi Têngah tuwin Wetan, malah wontên ingkang saking tanah sabrang. Gunggungipun sadaya wontên 51, putrinipun 3.

Rêmbagipun ing konggrès ngriku muluk, sanadyan sarwa cêkak, nanging cêtha. Namung kapêndhêtan ingkang wos tuwin prêlu kemawon.

Rêmbag ingkang wigatos ing ngriku: ing bab babagan pèrês kalihan kabangsan, kawêdharakên dening Tuwan Sanusipane. Pèrês kalihan rakyat, dening Tuwan Bratanata. Pèrês kalihan parentah, dening Tuwan Samsudin. Tuwin pèrês saha basa, dening Radèn Mas S. Cakrasiswara.

Sawarnining rêmbag ingkang pinanggih ing konggrès, sarwa wigatos, dumugining wêkasan wilujêng.

Konggrès ingkang kaping V badhe manggèn ing Surabaya. Dene warga pangrèhipun ing sapunika pangarsa: Radèn Mas S. Cakrasiswara, ing Surakarta. Wakil pangarsa Tuwan Sanusipane ing Bêtawi. Warga sanèsipun, Tuwan-tuwan Winarna ing Surabaya, Samsudin Sêmarang, Bakri Sura Atmaja, Bandhung, Sumanang Bêtawi.

Kajawèn andhèrèk mêmuji, mugi adêging Perdi pinanggiha saya ngrêmbaka, kadumugèna punapa ingkang dados gêgayuhanipun.

[Iklan]

--- 501 ---

Wilujêngan ing Patênggêran

Sambêtipun Kajawèn nomêr 30

Sarêng sampun ngancik dipun tapukakên, lajêng sami kabêkta dhatêng sanggar (dede saggar namaning prabot dhusun) inggih punika papan ingkang wiyar sarta inggil. Inggih wontên ing ngriku punika anggènipun ngujubakên wilujêngan punika. Sarêng sampun wancinipun dipun tapukakên, para dhukun sami nglêmpak linggih jèjèr, kacêtha ing gambar, madhêp dhatêng rêdi Brama. Pangajênging dhukun ambêsmi sela (mênyan) sangajênging anggènipun andonga.

[Grafik]

Mangsuli bab wilujêngan wau, inggih punika sêsaji ingkang kaujubakên wontên ing ngriku punika: tumpêng robyong, pisang êmas, ulam ayam, sêkar sataman, lan toya suci kawadhahan ing bokor. Sabibaripun dipun dongani lajêng kakêpungakên ing têtiyang kathah.

Unan-unan, punika langkung samuwa katimbang kalihan barikan. Nanging anggènipun ngawontênakên namung sawindu sapisan. Anggènipun ngujubakên ugi wontên ing sanggar, sarta ugi kasanggi dening têtiyang sadaya dhusun. Para dhukun saking dhusun pundi-pundi sami nglêmpak wontên ing sanggar. Dongèng [Do...]

--- 502 ---

[...ngèng] mula bukanipun wontên wilujêngan: unan-unan, punika makatên:

Ing jaman rumiyin ing satunggiling dintên Aji Saka ngatingal wontên ing satunggiling dhusun ing tanah parêdèn Tênggêr. Anggènipun ngatingal punika wontên ing satêngahing dhusun, inggih punika wontên ing papan bawera saha inggil. Têtiyang dhusun ngriku sami mrêpêki, nanging Aji Saka ngendhani kesah dhatêng dhusun sanèsipun. Dhusun ingkang dipun dhatêngi wau têtiyangipun ugi sami kenging amrêpêki. Nanging Aji Saka angendhani, makatên salajêngipun, sang Aji Saka tansah ngendhani saking dhusun satunggalipun dhatêng dhusun sanèsipun, ngantos sadaya dhusun kawradinan dipun dhatêngi dening Sang Aji Saka. Dene anggènipun ngatingal Sang Aji Saka wontên ing satunggal-satunggaling dhusun punika têmtu wontên ing ara-ara ingkang inggil. Pramila dumugi sapriki ara-ara ingkang inggil punika kaanggêp suci dening têtiyang Tênggêr, sarta kawastanan: sanggar. Sadhengah padhusunan anggadhahi sanggar kados makatên wau.

[Iklan]

Sarêng Sang Aji Saka kabujêng mrika-mriki tansah angendhani, ing môngka têtiyang adrêng sangêt anggènipun badhe mrêpêki, amila Sang Aji Saka atilar piwêling, bilih badhe ngatingal malih sabên sawindu sapisan wontên ing sanggar. Têtiyang ing ngriku sami kapurih marak.

Makatên mênggah dêdongenganipun mula bukanipun wontên wilujêngan: unan-unan.

Supa.

--- 503 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Bab: Suryawirawan

VI.

Petruk : Wis, Kang Garèng, rungokna manèh, tak banjurne andharanaku ing bab pranatan-pranatane suryawirawan anggone arêp nuntun para mudha bisane ing besuk dadi wong utama. Dêdalane kang kaping 4e. yaiku: anênangi: watak kasatriyan, trêsna mênyang sapadhaning tumitah, lan rasa dhêmên nyang têtulung.

Garèng : Mêngkosik, Truk, aku tak takon dhisik, watak kasatriyan, lo kuwi karêpe rak watak ambêg utama, ta, dadi iya kaya watake bêndara Janaka kae, nanging ing kono apa iya kalêbu watak...thukmis, kang sabanjure tumrape kaum wanita banjur anduwèni lageyan: yèn ala: mêlas bangêt, yèn ayu: kêpengin.

Petruk : Lho, watake bêndara Janaka anggone main royal, kuwi aja koktômpa mêngkono, Kang Garèng. Kuwi rak mung kanggo anggambarake dayaning hawa napsu bae. Lan tumrape wong lanang hawa napsu kang prasaksat ora kêna dicêgah kuwi hawa nêpsu nyang wong wadon. Mulane pêngiming-iminge suwarga bae: lumêbune mrono kanthi dipêthuk widadari sakêthi kurang siji, kuwi rak wis sawijining bukti yèn godhaning priya kang nomêr wahid kuwi iya wanita. Lan sing sapa bisa nyêgah hawa napsune sing mrono parane mau, iya mêsthi... jêmpol cêkakane. Buktine lêlakone brêgawan ciptaning kae bae, nalikane digodha dening para widadari sing mêsthine iya padha: ambraling lan mlèsdrèng-mlèsdrèng bangêt kae, barêng poconge ora anjontit saupit-upita, iya banjur kêturutan bae apa kang sinêdyakake. Dene tumrape jaman saiki, yèn ana wong royal kaya bêndara Janaka kuwi mau, wajibe kudu... nyang rumah sakit, Kang Garèng, awit mêsthine kêpondhokan... pênyakit. Ora, Kang Garèng, mungguh sanyatane sing diarani: watak kasatriyan, utawa ambêg utama, kuwi cêkak aos karêpe: anyingkiri kabèh tindak kang anjog mênyang kanisthan.

Garèng : Dadi anjêjaluk gêdhene nyang ngêmis, kuwi dudu wataking satriya, ta.

Petruk : We hla, iya mêsthi bae dudu, Kang Garèng, awit iki panggawe kang nistha, malah tumrape wong Islam, ngêmis kuwi dianggêp dosa.

Garèng : Hla nèk mêngkono cara-caraku kuwi iya wis bênêr bangêt ane. Ya kuwi: yèn ana

--- 504 ---

wong ngêmis kêthumuk-kêthumuk lumêbu ing omahku, aku banjur kontan: ora wewah ora wèwèh. Sabab, le ngêmis bae kuwi wis dosa, yèn aku banjur wèwèh nyang wong ngêmis mau, iki têgêse rak banjur angajokake anane wong ngêmis. Apa iki ora dhobêl dosa arane.

[Grafik]

Petruk : Kuwi jênêngane kowe mung arêp golèk enake dhewe bae, Kang Garèng. Nèk tatanane ing kene iki manut parentahe sêsêmbahane kanthi têmên-têmên, omongmu sing kaya mangkono mau bokmanawa iya ana bênêre, awit têmtune banjur ora ana wong ngêmis, jalaran para pêkir miskin padha kopèn kabèh. Nèk wong-wong bangsane kowe aku iki padha nêtêpi kuwajibane kanthi têmên-têmên, mêsthi ora tau lali anggone jakat pitrah lan sapadhane, kang olèh-olèhane dipigunakake kanggo para pêkir miskin. Mara, nèk wong kabèh wis gêlêm tindak mêngkono, para pêkir miskin rak banjur kopèn pangan lan sandhange, ta. Lha nèk wis mêngkono mêksa isih ngêmis, iya pantês yèn banjur digêrtak: ora wewah, ora wèwèh. Balik saikine, wong umume mung pitrah thok bae, tur mung sataun sapisan, yèn jakat sing akèh-akèh padha kalalèn, kang anjalari para pêkir miskin banjur ora kopèn, yèn ing wusanane banjur ana sing padha ngêmis, lo kuwi aja banjur ditêtêpake dosa bae, nanging kowe aku sing langganan lali jakat, pancène rak iya mèlu dosa, awit sabênêre rak sing marakake dadi jalaran anane wong ngêmis mau.

Garèng : Wis, yah, kok banjur rupa-rupa mêngkono. Saiki ambanjurake rêmbuge ing ngarêp manèh. Anênangi watak trêsna marang sapadhaning tumitah, wah, iki sêmune karêpe kok jêmbar bangêt, Truk. Mêstine wong kang duwe watak trêsna marang sapadhaning tumitah, iya ora kêna, ta, yèn banjur ngumbar suwara mangkene upamane: wèh wong iya Lônda, mulane pêthènthang-pêthènthèng sajak arêp ngidak bae.

Petruk : Hla omongan sing kaya mono kuwi, tumrape wong kang duwe watak trêsna nyang sapadhaning tumitah, wis ora kalêbu ing buku babarpisan, awit ing kono kayadene anduwèni karêp: nêdya ngala-ala marang sapadhaning tumitah. Mungguh sanyatane, wong kang trêsna marang sapadhaning tumitah, kuwi mungguhing aku, iya wong kang trêsna, wêdi, angaji-aji marang ingkang Kuwasa. [Kuwa...]

--- [505] ---

[...sa.] Wong kang mangkene iki, têmtune arêp ngala-ala, nyeda, nacad, lan sapadhane, marang sapadhaning tumitah, têmtune iya tansah wêdi yèn nômpa dêduka saka ingkang nitahake mau. Ing sarèhne sing diudi kuwi supaya ditrêsnani dening ingkang Kuwasa, atine iya kudu dipêksa kudu trêsna marang apa bae kang dititahake dening ingkang Kuwasa.

Garèng : Iya wis, Truk, ngrêti aku saikine. Saiki anênangi: rasa dhêmên nyang têtulung. Iki ora prêlu kok andharake dawa-dawa, Truk, aku wis ngrêti cêkake. Yaiku mangkene upamane: Nèk ana ing dalan kowe wêruh wong kasangsaran, êmbuh kêtunjang grobag, êmbuh kalindhês motor, aja kok mung nyawang bae, nanging sabisa-bisa kudu tumandang mèlu têtulung. Nèk ana wong kamlaratan utawa kacingrangan, sabisa-bisa kudu ambantu, sarana tênaga apa dhuwit, utawa liya-liane, supaya bisa angènthèngake kêmlaratan lan kacingrangane mau. Mêngkono sapiturute. Cêkake dadi wong urip kuwi, aja mung mikir awake dhewe bae, nanging kudu eling marang sapadha-padha. Mulane miturut agamane, wong gawe bêbungah sapadha-padha kuwi gêdhe bangêt ganjarane. Aja kaya bakyumu, wong aku gawe bêbungah uwong, jêbul malah dikrawus sasayahe kae. Yaiku nalikane aku awèh bêbungah limang perak nyang... mas ajêng mawar kae.

Petruk : Saupama mas ajêng mawar kuwi wujude kaya ciplukan, apa kira-kira iya mêtu perakmu, Kang Garèng, wong têtulung kuwi aja disaranani kêmelikan, awit iki ora ana gunane babarpisan. Mara, iki rak padha bae kaya wong andêrmani dhuwit kanggo andandani mêsjid upamane, nanging disaranani tuku lot-lotre kanthi duwe pangarêp-arêp bisa olèh suwêng rêga f 150.-, lo iki dêrmane mau ora sah, Kang Garèng. Jajal saupama ora ana melike olèh suwêng mau, bokmanawa darma sêkêthip bae, iya: eman-eman, sèh. Mungguhing uwong awèh pitulungan nyang liyan, kuwi kudu sing eklas, gêgêse:têgêse. kudu sing sukci, aja menga-mengo ngiwa, nêngên, ngarêp, mêmburi, mêngisor utawa mêndhuwur, karêpe: aja anduwèni kêpengin di: wadhuh brêgase, wadhuh sugihe, wadhuh lomane, lan sapiturute. Mêngkono uga aja anduwèni melik, yèn mêntas têtulung wong banjur anduwèni pangarêp-arêp: nèk ing besuk bisa mulya, aku mêsthi disauri saêmbolan, lan sapadhane. Iki ora kêna pisan-pisan. Nanging uwong awèh pitulungan nyang liyan, kuwi kudu kayadene ambuwang uyuh utawa kotorane dhewe. Mara, andak iya kêpengin baline, rak iya ora, ta.

Wara-wara

Ngaturi uninga, buku olah-olah wêdalan Bale Pustaka, ingkang dipun impun dening R.A. Suwarsi, cap-capan kapisan, ing sapunika sampun têlas, saha sampun kaêcap malih ingkang kaping kalih, mawi kawêwahan: uba rampening wilujêngan tumrap tiyang wawrat wiwit sawulan dumugi sangang wulan, wilujêngan mêndêking tuwin manakip. Rêginipun têtêp f.50.

Tumuntên kaparênga sami mundhut, sampun ngantos mawi ngêntosi cap-capan ingkang kaping tiga.

--- 506 ---

Kabar Warni-warni

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

Tanah ngriki

Tatanan enggal tumrap Mulo. Ingkang kasêbut ing rancangan, tatananing wulangan ing Mulo kaperang dados tigang golongan, inggahinggih. punika: 1. Dhiploma A, punika tumrap pangajaran ingkang satamatipun saking ngriku lajêng kangge nyambutdamêl. Ing ngriku botên kawontênakên wulangan basa Jêrman tuwin ing taunipun katiga botên kawulang ngèlmu alam, ing klas tiga kawulang steno Inggris, ngêtik, katêtêpakên sinau basa Mlayu. Tumrap lare èstri kawulang padamêlan tangan. 2. Dipun wastani dhiploma B. punika kangge nglajêngakên dhatêng A.M.S. babagan wiskundê tuwin ingkang kasamèkakên. Kawajibakên sinau basa Inggris tuwin Jêrman, tumrap basa Mlayu tuwin padamêlan tangan manasuka. 3. Dhiploma C, punika kangge nglajêngakên dhatêng kweekschool sapanunggilanipun. Ing ngriku nyuda wulangan wiskunde tuwin ngèlmu alam, basa Jêrman tuwin Inggris dipun wajibakên.

Para pangajaran inggil ing Surakarta. Dumuginipun ing sapunika kawontênanipun para pangajran inggil ing Surakarta tumrap babagan pangadilan wontên 14, dhoktêr 18, insinyur 8, dhoktor 1. Sadaya wau sami tiyang siti. Cacah samantên wau mèh cêpêng damêl wontên ing karajan Jawi sadaya.

Pabrik sêmèn ing Jawi-Wetan. Wontên wartos, ing Jawi-Wetan badhe dipun dêgi pabrik sêmèn. Tumrap ing tanah ngriki kawontênanipun pabrik sêmèn sawêg ing Padhang.

Ganjaran minangka pangeman. Ing ngajêng sampun nate kawartosakên, ing bawah Ngayogya wontên tiyang manggih barang mas rêrêgèn f 1400.-. Awit saking rêrigênipun ingkang wajib, arta ingkang minangka ganjaran samantên wau botên katampèkakên warni arta, amargi kasamarakên manawi lajêng botên kantênan tanjanipun. Ing salajêngipun ganjaran wau badhe kawujudakên awarni sabin, supados awèt kangge sangu gêsang.

Para punggawa pabeyan dipun awisi gêgayutan kalihan Rupelin. Gêgayutan kalihan tindak salingkuh ing Surabaya, tuwin gêgayutan kalihan kawontênanipun Tuwan Nadjamoedin, ingkang rumiyin amtênar baeyan tuwin pangajêng Rukun Pêlajaran Indhonesia, ing sapunika ingkang wajib angawisi sawarnining punggawa pabeyan malêbêt dados warganing Rupelin, utawi sêsambêtan kalihan babagan punika, kajawi manawi gêgayutan kalihan padamêlan nagari.

Morfine ingkang dipun angge ing Bêtawi. Miturut papriksanipun Dr, Kwa, ing sabên dintênipun tiyang ingkang ngangge morfine ing Bêtawi wontên rêrêgèn f 900.-. Malah miturut papriksanipun ahli sanès, sagêd naksir bilih ing dalêm sadintên wontên rêrêgèn f 2000.-.

[Grafik]

Gapurendra. Gapura ing Gading (Gapurendra) ing Surakarta ingkang taksih kagarap dipun tingali saking kidul. Minangka tandha pangèngêt-èngêt tumbuk dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana yuswa 64 taun.

[Iklan]

Mèngêti adêging V.I.P.I.W. sampun 25 taun. Benjing tanggal 7-8 Mèi ngajêng punika, Vereeniging van het Inl. Personeel bij de Irrigatie, Waterstaat en Waterschappen (V.I.P.I.W) ingkang dipun pangarsani dening R.P. Soeroso, warga Raad Kawula, badhe ngawontênakên pèngêtan adêgipun sampun 25 taun, manggèn wontên ing Soos Mangkunagaran Surakarta. Pakêmpalan punika cacahing pangipun wontên 100 panggenan, warganipun sadaya wontên 2600.

Wêwakil Nirom malêbêt karaton. Sampun sawatawis dintên wêwakil Nirom Tuwan Th. Van den Berg tuwin J. Kusters dipun iring ing wêwakil Nirom ing Surakarta Tuwan J. Christiaansen, sowan malêbêt karaton Surakarta. Wigatosing pêrlu ngunjukakên bintang dhumatêng Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana, minangka tandha pangèngêt-èngêt ing bab kintunan gêndhing saking karaton ing radhio sadonya.

Tentoonsetelling Mardiguna. Nyarêngi wontênipun sêkatèn ing Surakarta tanggal 12 Mèi ngajêng punika, pakêmpalan Mardiguna badhe mitongtonakên kagunan warni-warni. Lêbêting têtiyang ningali dhatêng Tentoonsetelling Mardiguna wau mawi kapupu ing bea, tumrap tiyang siti 2 sèn, bangsa ngamanca 4 sèn.

Boschwezen badhe mêwahi punggawa wêdalan pamulangan têngahan. Ing wêkdal punika Boschwezen amêwahi punggawa wêdalan pamulangan têngahan, badhe nampèni punggawa 40 dumugi 50 sami pangajaran saking tanah ngriki, inggih punika saking Middelbare Landbouwschool ing Bogor tuwin saking Cutuurschool ing Malang.

--- 507 ---

Niti tindak salingkuh ing pabeyan Tanjung Priuk. Ing bab wontêning tindak salingkuh ing Tanjung Priuk sarêng katiti saya pinanggih kathah. Saha tuwuhing katrangan wau wontên ingkang saking golongan among dagang piyambak.

Rancangan badhe ewahipun adêging pabrik candu. Ing ngajêng wontên rancangan badhe misahakên pabrik candu gêgayutanipun kalihan Departement Arta Praja, nanging ing sapunika wontên wartos ing bab badhe adêging pabrik wau piyambak dèrèng wontên wêwatonipun ingkang mapan.

Ingsêr-ingsêran saha inggah-inggahan. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi-Wetan, M. Soebani, wêdana ing Tumpang kabupatèn tuwin paresidhenan ing Malang, dados wêdana ing Arjuwinangun, kabupatèn Ponorogo, paresidhenan Madiun. Amat Doerjat, tijd, wd. Wêdana ing Jêbêng, kabupatèn Ponorogo, paresidhenan Madiun, dados wêdana ing Tumpang, kabupatèn saha paresidhenan ing Malang. Samadikoen, asistèn wêdana paresidhenan Madiun, dados wêdana ing Jêbêng, kabupatèn Ponorogo, paresidhenan Madiun. R. Rachmad, matri pulisi klas 1 paresidhenan Malang, dados asistèn wêdana klas 2 parsidhenan Madiun. Djaka Oetjik, asistèn wêdana paresidhenan Madiun, dados asistèn wêdana paresidhenan Surabaya. R. Amad Sadêli mantri pulisi paresidhenan Kêdhiri, dados mantri pulisi paresidhenan Surabaya. M. Soetopo Partohadiprodjo, Aib, nindakakên padamêlan mantri pulisi ing paresidhenan Madiun, dados asistèn wêdana paresidhenan Madiun. R.M. Diarso Soegondo, tijd. wd. Aib. Ing paresidhenan Kêdhiri, dados Aib. Nindakakên padamêlan mantri pulisi parsidhenan Kêdhiri.

Têtiyang boyongan bangsa Jawi. Miturut katrangan, kawontênanipun têtiyang boyongan saking tanah Jawi dhatêng tanah Sabrang pinanggih langkung kathah. Ing salêbêtipun wulan April punika têtiyang ingkang boyongan dhatêng Palembang wontên 1000. Ing wulan Juni bandhe wontên malih 500 dhatêng sacêlakipun Palembang. Ing wulan Juli badhe ambidhalakên têtiyang 1700 dhatêng Sèlèbês, ingkang 1000 dhatêng Malili tuwin Masamba ing papan enggal tuwin 700 dhatêng Bungi tuwin Malili.

Mèngêti adêging Nias saha Stovit. Benjing tanggal 20 Mèi 1938 ngajêng punika, adêging Nias sampun 25 taun, makatên ugi adêging Stovit sampun 10 taun. Punika sami badhe dipun pèngêti wontên ing salêbêtipun wulan Sèptèmbêr ngajêng punika.

Tatanan ing kalaning murid² sami ngaso. Jalaran mêntas wontên kasangsaran murid ingkang ngêrês-êrêsi, awit saking kaparêngipun ingkang wajib ing Jawi-Kilèn, ngawontênakên tatanan, ing kalaning wanci ngaso, para murid botên kenging mêdal saking pamulangan, kajawi manawi angsal palilahing guru.

Handelsvereeniging tiyang siti. Ing Sêmarang wontên Handelsvereeniging tiyang siti nama "Nangkoda''. Ancasing pakêmpalan punika kajawi ngawontênakên tindak ingkang murih majênging padaganganipun tiyang siti, ugi nêdya tumindak gêgayutan among dagang kalihan sajawining praja tuwin ngawontênakên padagangan piyambak. Pakêmpalan punika ngawontênakên aandeel f 10.000.- kapêcah-pêcah rêgi f 5, f 10, f 25, f 50, f 75 tuwin f 100. Para warganipun pangrèh sami pêpilihan ingkang mumpuni dhatêng babagan punika.

Tamu Agung saking Siam. Ing wulan punika tanggal sêpuh, badhe wontên tamu saking Siam, panjênênganipun pramèswari waranda ingkang eyang Nata Siam ingkang jumênêng ing sapunika. Rawuhipun ing tanah Jawi anjujug ing dalêmipun Sang Pangeran Paribatra ing Bandhung. Benjing tamu agung wau badhe pêpara dhatêng tanah Jawi tuwin Bali, ugi badhe maratamu dhatêng Karaton Surakarta tuwin Ngayogyakarta.

Sêrat sêpêt. Pinanggihipun ing sapunika sêrat sêpêt wêdalan tanah ngriki saya sae, sagêd dados padagangan ingkang kakintunakên dhatêng sanès nagari. Ing ngajêng barang kados makatên punika ingkang kathah wêdalan saking tanah Indhu. Dununging padagangan kados makatên punika ing Jawi Têngah, ing dalêm sataun sagêd ngêdalakên asil ngantos sayuta rupiyah. Pangintuning barang wau wontên ingkang kadamêl warni dadhung. Wêdalipun badhe kaangakah saking palabuhan ing Cilacap. Ing bab padagangan punika angsal pambiyantu saking ingkang wajib.

Nagari Walandi

Mèngêti adêging Raad van State. Ing nagari Walandi mêntas ngawontênakên pèngêtan adêging Raad van State sampun 350 taun. Ing kala dhawahing dintên wau Sri Bagenda Maha Raja Putri kaparêng mêdharsabda parêng wilujêng dhatêng bêbadan wau.

[Iklan]

Tentoonstelling ing New York. Ing bab badhe wontênipun tentoonstelling ing New York, Parentah nagari Walandi badhe kintun barang-barang wêdalan nagari Walandi tuwin tanah Indiya. Nanging têtêpipun rancangan wau ngêntosi karampungan saking Staten Generaal. Waragadipun badhe wontên 1½ yuta rupiyah.

Commissie Tentoonstelling ing New York. Awit saking kaparênging Parentah, ingkang kapatah dados commissie nata barang-barang ing Tentoonstelling ing New York, R.M.A.A. Soejono, ing Departement babagan Jajahan, Mr. Jongejan saking Ondernemersraad tuwin R.M. Margono Djodjohadikoesoemo saking Departement Jajahan.

Eropa

Prins Otto von Habsburg badhe dipun cêpêng. Wontên wartos. Prins Otto von Habsburg badhe dipun cêpêng, amargi kalêpatan nindakakên panggosok dhatêng ngakathah supados ambiyantu dhatêng Oostenrijk ingkang ing sapunika kêrêgêm Jêrman.

Pikramèn Nata. Wontên wartos bilih Nata Albanie Achmad Zogu I badhe krama kalihan Gravin Geraldine Apponyi ing Hongariye. Dhaupipun wontên tanggal 27 wulan punika.

Dr. Schuschnigg. Miturut wartos praja, tilas bondskanselier Schuschnigg, ing sapunika taksih wontên ing astana Belvedere. Sugêng botên kirang satunggal punapa. Tumrap juru jagi ingkang rumiyin katindakakên dening militèr, ing sapunika kasantunan têtiyang jagi ingkang mangangge limrah.

Afrika

Pamitranipun Mêsir kalihan Turki. Wontên wartos bilih praja Mêsir tuwin Turki nêtêpakên anggèning pawongmitran, saha sampun kêlampahan kintun-kintunan sêrat prajanjian têtêpipun. Ministêr babagan sajawining praja Turki ingkang nuju wontên ing Mêsir, Rustu Aras tinampi maratamu wontên ing dalêmipun ministêr babagan sajawining praja Mêsir, Abd-el Fattah Yehia kanthi paargyan.

Bangsa Eropa ingkang wontên ing Ngabesi. Dumuginipun sapunika bangsa Eropa ingkang wontên ing Addis Abeba sampun 17.000 jiwa. Kala ing wulan Januari taun kêpêngkêr sawêg wontên 4000.

--- 508 ---

Wêwaosan

II. Lêlampahanipun: Budimirowic

68

Prabu Wladhimir sêmu rêna angandika makatên:

Bangêt ing panarimaningsun dene sira atur pisungsung barang-barang kang samono èdi lan pènine. Nanging ingsun kapengin mundhut priksa marang jênêng sira, mungguh sanyatane sira iku sapa lan sapa aranira. Apa sira putraning nata, apa sawijining pangeran kang anduwèni panguwasa dhewe. Kajaba saka iku, mara tumuli matura marang ingsun, apa kang dadi kêkarêpanira têka sira sowan ing ngarsaningsun kanthi atur pisungsung barang-barang kang samono kèhe mau.

Budimirowic umatur: dhuh sang prabu pêpundhènipun para kawula ing praja Ruslan sadaya, kaparênga matur ing ngarsa nata. Mênggahing kawula sajatosipun sanès putraning narendra, lan ugi sanès satunggiling pangeran, ngêmungakên satunggiling sudagar saking kitha: Penesiyah. Dene sowan kuwula ing ngarsa paduka punika, botên nêdya angajêng-ajêng kaparingan ganjaran, awit mênggahing kasugihan kawula, saupami sang prabu andhawuhakên abdi paduka sadaya angetanga, kintên-kintên salêbêtipun sataun botên badhe sagêd rampung.

Sang prabu dhawuh malih: yèn mangkono banjur apa kang sira sêdya têka ana ing kene iki, apa sira nêdya among dagang ana ing praja Ruslan kene, apa sira mung arêp andêlêng kaanane ing kutha Kiyèf, lan wusanane nêdya dêdunung ana ing kene.

Budimirowic: dhatêng kawula ing kitha Kiyèf ngriki botên pisan-pisan manawi kawula nêdya amung dagang. Mênggah sêdya kawula ingkang sajatos ing samangke kawula dèrèng sagêd ngaturakên. Panyuwun kawula dhatêng sang prabu, kaparênga ing samangke kawula dêdunung wontên ing ngriki, lan kaparênga kawula adamêl griya cacahipun tiga wontên ing patamanan ing sawingkingipun kadhaton paduka punika.

Prabu Wladhimir: kabèh wong kang kapengin dêdunung ana ing kene, salawase bakal ditômpa kanthi sênênging ati, mangkono uga sira, ora ana pakewuhe babarpisan yèn arêp manggon ing kutha kene, malah andadèkake rênaning panggalih ingsun. Lan sira kêna milih panggonan ing ngêndi bae kang dadi kasênênganira.

Budimirowic umatur nuwun saha lajêng pamit madal pasilan. Sarêng sampun dumugi ing baitanipun, Budimirowic lajêng cariyos dhatêng para pangiringipun makatên:

Wong-wongku kabèh, padha rungokna kandhaku iki, lan tindakna apa parentahku. Panganggomu kang sarwa èdi pèni iku padha uculana, lan salina panganggoning kuli buruh. Sauwise padha nyandhaka wadung, tumuli anjujuga ing patamanan ing saburining kadhaton. Sajêroning bêngi iki kowe gawea omah têlu cacahe, kang nganggo mênara êmas kabèh. Sajêroning sawêngi iki omah têlu mau kudu bisa rampung.

Sanalika punika sadaya rencang wau mituruti punapa pakèning bandaranipun, sasampunipun sami ngrasuk mangangge kuli bêrah, lajêng sami nyandhak wadung saha lajêng lumêbêt ing patamanan sawingkingipun kadhaton. Wontên ing ngriku têtiyang wau sami cekat-cèkêt tumandang ing damêl, babad-babad tuwin miwiti yasa griya têtiga wau. Anggènipun sami nyambutdamêl têtiyang sadaya wau pancèn inggih ngêpêng sayêktos, lan botên watawis dangu ing sangajênging kaputrèn, papan padununganipun Sang Dyah Sabawa, sampun pating janggunuk wontên griya tiga cacahipun, ingkang sakalangkung sae wujudipun, tuwin mawi mênara êmas. Sasampunipun rampung para rencang wau lajêng sami wangsul dhatêng ing baita, prêlu mêndhêt barang-barang ingkang minôngka kangge mêmajang griya tiga wau. Sadèrèngipun gagat enjing griya tiga wau sampun rampung babarpisan.

Sarêng sampun malêthèk surya, tuwin sang putri wungu sare lajêng ambikak jandhela, kagètipun tanpa upami kala anguningani ing ngajênging kaputrèn wontên griya têtiga ingkang sakalangkung asri wujudipun wau. Sang putri botên nyana bilih ing ngriku wontên wêwujudan ingkang samantên saenipun, amila rumaosipun inggih lajêng kadosdene nyupêna kemawon. Ngantos rambah-rambah sang putri ngucêg-ucêg tingalipun, nanging wêwujudaning griya tiga wau botên ical. Ingkang punika sang putri sawêg cêtha bilih ingkang katingal punika griya sayêktos. Salajêngipun sang putri nuntên animbali para parêkanipun sarwi ngandika makatên:

Para bocah wadon kabèh, padha mrenea, dêlêngên apa kang tinêmu ing mau bêngi. Sajêrone sawêngi bae ing patamanan kene wis diyasani omah têlu iji, kang samono bêcike, kathik nganggo mênara êmas.

Badhe kasambêtan

--- 65 ---

No. 17, 23 April 1938, taun IX

TAMAN BOCAH

INGKANG NGÊMBANI BU-MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CENTRUM RÊGANE SATAUN F 1.50 KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.

KATRÊSNANE BIYUNG MÊNYANG ANAK

Bocah2, mara rungokna, kowe kabèh saiki padha takdongèngi. Kowe kabèh mêsthine wis padha sumurup dhewe yèn ora ana wong trêsna nyang anak kaya dene biyunge. Esuk sore awan bêngi prasasat tanpa ana lèrène anggone biyung tansah mulasara anjaga marang anake. Kaya dene yèn kowe lagi lara, kaya apa bae ibumu anggone ngopèni nyang kowe. Lan kowe uga nêksèni dhewe, yèn ibumu sabisa-bisa arêp tansah gawe sênênging atimu. Upama kuwata mono apa kang dadi kasênênganmu, ibumu mêsthi bakal maringi. Mêngkono uga apa doyananmu ibumu ya mêsthi kogêl nyang kowe.

Ewasamono akèh bocah sing ora ngêrti mênyang katrêsnane biyung mau. Yèn pêpènginane utawa panjaluke ora dituruti, rumasa ibune ora dhêmên. Malah ana sing duwe pikiran yèn ibune mau sêngit mênyang awake.

O, kuwi ora mêngkono. Nèk karêpe biyung kuwi salawase arêp mituruti apa panjaluke anake. Yèn kadhangkala ora mituruti, kuwi mêsthi ana sabab-sababe, bisa uga sabab ora migunani tumrap awakmu, lan bisa uga sabab ibumu ora bisa tuku. Mulane yèn kowe duwe pêpenginan utawa panjaluk nyang ibumu, kok ora tinurutan, kudu sing nrima, eling-elingên yèn kuwi mêsthi ana sababe.

Saiki rungokna, aku tak crita nalikane aku isih cilik. Sadulurku kabèh iku ana papat. Sing tuwa dhewe lanang, arane Mas Koes, sing nomêr loro wadon Yu Tien, nomêr têlu wadon manèh Yu Sam, dene kang ragil dhewe ya aku iki, ibumu Mar.

Lagi cilikku, ya ora beda karo kowe kabèh sok duwe panêmu, yèn ibu iku sêngit nyang aku, dupèh mbedak-mbedakake aku lan mbakyu-mbakyu utawa kangmas mau, ora ngêrti yèn sing kaya ngono mau saka pangemane ibu nyang aku mau. Kaya ta upamane bae mangkene:

Sawijining dina, wayah awan aku lan mbakyu2 sarta kangmasku mau, padha mangan bêbarêngan. Mas Koes diparingi ibu lawuh êndhas bandêng, mêngkono uga Yu Tien lan Yu Sam uga olèh lawuh bandêng; barêng aku jêbul diparingi lawuh iwak êmpal. Iya wis mêsthi bae aku banjur mêmbik2 nangis, sabab kêpenging mangan lawuh bandêng mau. Sanajan ibu dhawuh mêngkono mêngkene, aku mêksa têrus mingsêk-mingsêk njaluk lawuh bandêng bae. Malah kala samono aku banjur ngundhat-undhat ibu mangkene: "Pancèn ibu ola êmên alo au, au ola dipalingi andêng. Ayo au nyuwun andêng.''

Bokmanawa wêktu samono êmbuh ibu duka êmbuh pancèn wêlas nyang aku. Aku banjur diparingi bandêng sacuwil. Lo kuwi aku ora nrima malah kêdumêlan mangkene: "Êmoh, êmoh, mung saupit, nyuwun saêmbolan kaya Mas Kos.''

Ibuku kuwi sabar bangêt, aku rèwèl mêngkono mau, mung ngêndika mangkene: "Sêmene dhisik ya, nok, mêngko nèk kurang, tak wènèhi manèh.''

Dingêndikani ibu mêngkono mau, aku banjur mênêng. Sarèhne aku dijanji nyang ibu arêp diparingi manèh yèn wis êntèk, anggonku nyuwil bandêng ya banjur rada kêgêdhèn, tanpa ngati-ati banjur takpangan

--- 66 ---

bae. Kowe kabèh wêruh dhewe, yèn bandêng kuwi akèh êrine. Yèn kurang pangati-atine nggone mangan, gampang klêlêgên êri. Mêngkono uga aku, wong nalika samono isih cilik bangêt. Kajaba kurang pangati-atiku, saka enake bandêng mau, banjur mung takmal-mêl bae. Ing wusana aku banjur kêlêlêgên êri. Kaya apa bingunge ibu kala samono ora pêrlu tak critakake ana ing kene. Nitik tulisan ndhuwur mau, rak iya cêtha ta, anggone ibu ora marêngake aku mangan bandêng mau, ora jalaran ibu sêngit nyang aku, utawa sabab liya-liyane, nanging saka pangemane ibu nyang aku.

Mulane poma bocah-bocah, yèn kowe nduwèni pêpenginan, ora diparingi apa-apa dening ibumu, aja pisan-pisan kowe angrêsula, gêdhe-gêdhene jèngkèl; nanging elinga, nyang dongèng ing dhuwur, lêlakon ing dhèk cilike.

Bu Mar

KARAMEAN CARNAVAL

[Grafik]

Ing tanah Europa sabên taun sok dianani karamean sing diarani Carnaval. Ing wêktune iku wong-wong padha arak-arakan sarana manganggo sing anèh-anèh, kaya dene jamane Cap Go Mèh tumrape bangsa Tionghoa.

Dêlêngên gambar ing dhuwur, katone apa ya ora lucu-lucu?

WONG MANCING DADI EDAN

Ana wong budhêg arêp mancing ing kali. Sadurunge pangkat wong mau mikir mangkene: "Aku iki mula budhêg bangêt, nanging rak bisa gunêman sing apik-apik. Mêngko yèn aku kêpêthuk wong liya mêsthi bakal takon: "Sampeyan badhe dhatêng pundi?'' aku mêngko bakal mangsuli: "Badhe dhatêng lèpèn mancing.'' Mêsthi bakal takon manèh: "Ulame badhe sampeyan sadhesade (dan ditempat lain). punapa sampeyan olah piyambak?'' Wangsulanku: "Badhe kula sadhe dhatêng pêkên.'' Yèn krungu wangsulanku mêsthi bakal kandha: "Wah, panjênêngan punika tiyang pintêr sayêktos.'' Wangsulanku: "Inggih.''

Barêng uwis mikir-mikir mangkono banjur mangkat. Ing têngah dalan kêpêthuk gêrma. Gêrma pitakon: "Ing ngêndi dalane mênyang wadhuk Dêlingan?'' Wangsulane: "Badhe dhatêng lèpèn mancing.''

Gêrma pitakone dibalèni sêru bangêt: "Ing ngêndi dalane mênyang wadhuk Dêlingan? Wangsulane: "Badhe kula sade dhatêng pêkên.'' Gêrma nêpsu bangêt banjur kandha: "Apa kowe edan?''

Wangsulane: "Inggih.''

S. Broto, Ngayogya.

CANGKRIMAN

Kutha tanah Jawa-Têngah, kang jênênge nganggo I aksara a... a, II i... i, iku kutha ngêndi?

Pulo tanah ngamanca kang jênênge nganggo aksara s... s, pulo ngêndi?

Moeh. Dawami, Muntok.

--- 67 ---

CALON GATHOTKACA

[Grafik]

Bocah kêmbar loro iki umure kurang luwih rong taun. Durung suwe bocah loro mau digawa mabur saka Bêtawi mênyang nagara Walanda. Nèk andêlêng rupane katon mêncêrêng ora nangis ora barang, sêmune ora anduwèni wêdi babarpisan ngambah ing awang-awang. Mulane kira-kira ing besuk bocah loro iki pancèn calon Gathutkaca kabèh, dene nèk wadon iya calon Moestakawèni.

Asu kang kêtaha

Pangkur

1. duk amba umur nêm warsa | wus sinau lan lungguh ing klas kalih | nate pun dongèngi guru | dongèng kaya piwulang | iya kaya kang katulis critanipun | luwung kêna kanggo wacan | timbang nganggur tan prayogi ||

2. wontên asu julig ala | nyolong daging sêtugêl mlayu nggêdring | liwat krêtêg nginggilipun | kali antêng ilinya | miwah bêning pindha kaca tirtanipun | kocapa asu punika | barêng lakune dumugi ||

3. ing krêtêg kang têngah-têngah | mêngko mandhap wruh wayangane dhiri | ana ing sajroning banyu | dèn sêngguh asu liya | ngondhol daging kadyadene awakipun | bawane kewan kêtaha | enggal mêncolot njêguri ||

4. kapriye kadadeannya | pranupiksa têmtu wus nguningani | wong wayangan nèng njro banyu | têka nêdya dèn begal | mêsthi bae nglêngkara malah kalêbus | tombok daging duwèkira | mrucut tiba têrus kèli ||

5. liding dongengan punika | lamun janma murka kêtahèng budi | ngangsa mrih darbèke wuwuh | tan èngêt ing tindaknya | ingkang kathah malah larut barangipun | mula bêcik narimaa | sapandume Mahasuci ||

6. sirnakna watak kêtaha | dimèn têntrêm, kaki, nggonira urip | angur nyuwun mring Hyang Agung | cukup ing sakabèhnya | sabab iku utamane wong ngaidup | wis sigêg obrolan amba | yèn lêpat nyuwun aksami ||

Moch. Madijana, Têmanggung

--- 68 ---

ASU BÊSUS

[Grafik]

Ora mung wong bae sing sok bêsus, sanadyan asu pisan iya ana sing saka bêsuse nganti diarani bêsas. Dêlêngên gambar ing dhuwur, anggone dandan asu iki apa ora ngedap-edapi têmênan. Nganggo têsmak, nanging dudu belor, udut srutu, e nas, udut pipa, nganggo dhasi, nyangking pêrtêpèl, malah têkênan barang. mara, apa ora brêgas. Kira-kirane sanadyana asu mênawane isih Mas Bèi.

LÊLUCON

Wontên tiyang dhusun sugih, nanging sakalangkung cêthil. Anuju satunggiling dintên tiyang wau mènèk klapa, dilalah mrucut anggènipun cêpêngan. Sarêng piyambakipun sawêg nêngah-nêngahi cêmlorot, sumêrêp ingkang èstri sawêg bêthak lan olah-olah, lajêng sambat lan bêngok-bêngok makatên:

O, bokne thole, le ngliwêt sudanên, mêngko aku wis ora mangan manèh.

Moeh. Dawami

PINTÊR NGGAMBAR

Guru : Priye Mêt, kowe kang baut nggambar, nggambara salah sijine kewan kang galak, suwene kira-kira 1 mênit.''

Slamêt suwe olèhe mikir, nggambar kewan apa sing gêlis lan gampang dhewe, ora suwe nêmu akal, yaiku dhèwèke nggambar banyu kali.

Guru : "Priye Mêt, wis rampung apa durung olèhmu nggambar. Iki wis ana 1 mênit.

Slamêt : "Sampun, Pak Guru.''

Guru : "Êndi ndêlêng, kaya apa gambare.''

Slamêt : "La punika gambaripun.''

Guru : "Lho, nggambar kewan apa iki.''

Slamêt : "Punika gambaripun bajul taksih nyilêm, pak guru.''

Handojo, Paninggaran

MANGSULI LAYANG

Kustienah, sawangan. Sukur ta, yèn kowe saiki wis saya akèh têpunganmu lan sadulur-sadulurmu. Wah, dadi ing Munthilan saiki lagi ana tontonan Pasar-Malêm, wis kaping pira anggonmu tilik nyang Pasar-Malêm, ayake ya sabên bêngi bae, ya? karanganmu wis kêtampan. Yèn ana papan bokmanawa kapacak.

Siti Aminah, Purwarêja. Pitakonmu bab cangkriman ing Volksalmanak besuk yèn entuk iya bakal digiyarake ing Kêjawèn utawa Panji Pustaka.

Mien Satrijani, Blitar. Karangan-karanganmu wis kêtampan, bakal takpilihi sing sakira kêna dipacak.

Soemali, Curugêcang, Purbalingga. Wah, tujune kowe enggal waras anggonmu lara. Kowe ora susah wêdi-wêdi milu urun ana ing Taman Bocah, wis lumrahe idhêp-idhêp kanggo sinau, upama ora kêpacak, ya saya mêmpênga, amrih bisane kêpacak.

M.D. Asri, Blitar. We la, dadi kowe saiki lagi sinau nabuh gamêlan, ya Sri, wah ibumu mangka ora bisa nabuh. Ya sing mêmpêng bae, bèn enggal pintêr, besuk ibumu wurukana. Yèn kowe arêp njaluk kiriman "Pariwara'', bêcike kirima layang mênyang administrasi bae, dene yèn arêp tuku buku olah-olah ngirimana dhuwit f 0.50 nyang administrasi, bab pangirime Bale Pustaka sing bakal mragadi.

Sri Sasanti p/a R.M.Ng. Projokintoko, Priyambadan, Solo. Kok wis lawas kowe ora kirim-kirim layang, bakyumu Mastoeti mêngkono uga. Yèn Mastoeti kêpengin têpung karo Mien Satrijani iya konên ngirimi layang bae, mêngko rak diwangsuli.

Doekarsi, Rêmbang. Aku wis tampa briefkaart loro isi karangan, bangêt panrimaku.

Handojo, Paninggaran. Kirimanmu lêlucon wis kêtampan, yèn ana papan bokmanawa bisa kapacak salah siji.

Moch. Dawami, Muntok. Cangkriman lan lêlucon wis daktampa, aku bungah bangêt. Yèn isih ana papan bisa uga kapacak.

Siti Katidjah lan Sri Wahjoe, Rêjoso. Aku milu bungah kowe lan Roesdiati padha sêduluran. Karangan-karangan wis daktampa, bangêt panrimaku, bakal dakpriksa dhisik, kêpacak utawa orane. Upama ana sing ora kapacak ya aja dadi atimu, nanging malah mêmpênga supaya apik.

Katijah, Badran, Surakarta. Coba kowe ngirimana layang nyang administrasi njaluk dikirimi bêbungah gambare Erlangga. Karanganmu, aku wis tampa, kêtrima bangêt.

Bison'', Plosso. Aku bungah wuwuh duwe kêponakan kaya kowe sarta milu urun-urun ngisèni T.B.

Roesdiati, Blitar. Layang sing biyèn dibalèkake kuwi, layang nyang kowe, jalaran anggonmu mènèhi adrès kurang cêtha. Sukur ta Roes, yèn kowe saiki wis waras babarpisan anggonmu ginanjar lara. Wah, mèh bae aku kelangan kêponakan kang tuhu trêsna.

Layang liya-liyane bakal dakwangsuli Sêtu ngarêp.

Bu Mar.

--- [0] ---

Ôngka 34, Rê Pa, 26 Sapar Jimawal 1869, 27 April 1938, Taun XIII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [509] ---

Ôngka 34, Rê Pa, 26 Sapar Jimawal 1869, 27 April 1938, Taun XIII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 Bêtawi Sèntrêm.

Kawah Ijèn

[Grafik]

Sêsawangan kawah Ijèn ing rêdi Mêrapi, laladan Bôndawasa.

--- 510 ---

Babagan Kasusastran

Mitra jati.

[Maskumambang]

Angêndhanu si mêndhung andhudhah sêdhih / kêdhêr kêdhap-kêdhap / padhanging jagad kalindhih / dhêdhêp tidhêm sabuwana //

angumandhang swarèng blêdhèg lir tinandhing / gludhug datan kêndhat / kilat thathit lir sêsiring / calèrète gung lumarap /

[Grafik]

...gêgana limêngan, kanggêg kagêlan ing ati...

surêm-surêm sèsining rat kasor dening / sênêning gêgana / kênyaring tranggana kingkin / kêkêsing sasôngka mulya //

kudhandhangan kandhuhan rudita sêdhih / pêpêdhut kumêdhap / gumandhul mêndhung ngadhangi / sabuwana nandhang brôngta //

mandhêg mangu sidhakêp tumêngèng nginggil / gêgana limêngan / kanggêg kagêlan ing ati / arsa mentar nora bisa //

manjing wisma kursi malês dèn dhêpani / wayah candhikala / sumamar wêwarnan kèksi / mung kumriciking kang jawah //

riwis-riwis wor swaraning maruta ris / atise kalintang / rês-rês munya pating kriyip / yayah abela sungkawa //

ngaruara orong-orong munya ririh / rinungu araras / barung lan swaraning jangkrik / pangêrike lir karuna //

sêsauran swarèng canthuka dumêling / ning blumbang angambang / kumêlap malah muwuhi / ngalanguting rasa mulya //

tan pantara gurnita nêtêr wiyati / truh-truh ing ngawiyat / lintang wulan tawan tangis / kilat thathit têtimbangan //

binarunging bayubajra andêrpati / tumuruning warsa / sumawur dêrês nartani / sèsining rat kawaratan //

gêtêr patêr winor dhèdhèt erawati / ron-ron tarulata / wrêksa

--- 511 ---

gung rungkad gumlinting / lubèr kang tirta lumarap //

lerap-lerap laras robing samodra di / lumrang mring dharatan / rantas dhadhal rinèh warih / akèh wisma kang kêlêban //

kang darbèni nêmbang têngaraning wanci / babo tulungana / kêbanjiran awak mami / e e tobil nora kaya //

kêmba têmên nimbangi susahing ati / dene tan sêmbada / lan ubaya wahyèng janji / pangakuning mitra darma //

swarga nraka donya kerat mitra mami / êndi tandhanira / gene mung kêmbanging lathi / marma kang durung kataman //

dèn waspada mring pandon tanduking budi / ywa kaduk ing driya / kumandêl mring kadang jati / sadurunge sira coba //

dipun mulat mring liyêping sambang liring / lèjêm èsêmira / aja dumèh ulat manis / tanpa pamrih lêlamisan //

aywa keguh ing gêlar pêpulas lair / jroning duka cipta / ing kono lagi katitik / sayêktine mitra darma //

rowang guyu nora kurang jroning urip / mung rowang karuna / arang têmên sun mrangguli / marma ywa kaduk rumasa //

ngrasa bêgja rinubung mitra sakêthi / lir nèng bètèng waja / wruhanta yèn têkèng wanci / koncadan kancana mulya //

tibèng papa oncat mitranta sakêthi / mung kari angganta / anggana atawan tangis / nadyan mijil luh ludira //

tangèh lamun tètèsing luhira gêtih / bangkit mikat ing tyas / dêstun mung nutuh ngewani / tan pisan bela-sungkawa //

sèwu susah sèwu sêdhih rasèng ati / wit yêktining mitra / mung kalanira sinandhing / adoh sithik wus kumambang //

marmanira kang mangeran mitra jati / aywa kliru tômpa / lir dagang yun ngarah bathi / balik mung sambèning gêsang //

kang sayogya sing samadya tanggaping sih / tan rakêt tan rênggang / tan prêlu dipun golèki / tan yogya dèn singkirana //

pitayaa ing daya kuwating ati / santosèng jiwangga / ngandêla ajining dhiri / iku pawitaning gêsang //

Teja Susastra.

[Iklan]

Pawartos saking Redhaksi.

Lêngganan nomêr 3209. Babad Giyanti VIII sampun dipun kintunakên kala tanggal 11/4 '38. Manawi panjênêngan sampun kagungan Babad Giyanti wêdalan Budi Utama jilid I, wêdalan Buning jilid II lan III, wêdalan Bale Pustaka jilid V dumugi VIII, lajêng kula aturi mundhut ingkang jilid IX salajêngipun dumugi jilid XXII. Dene samangke ingkang sampun kaêcap sawêg dumugi jilid XII, rêginipun racak-racak nyatêngah rupiyah.

--- 512 ---

Kagunan Jawi

Marsudi Gêndhing Jawi.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 31-32.

Sarêng wiwit jumênêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Ingkang kaping VIII taun 1921 sapriki, gôngsa-gôngsa ing nagari Ngayogyakarta kathah ingkang sami dipun wêwahi miturut wilahan. Kênong wêwah 4 iji, kêmpul wêwah 4 iji, suwukan siyêm 2 iji, gong wêwah 1 iji dhawah laras nêm. Yèn mawi gong kêmadha (sanès gong ingkang gumandhul) dipun laras dhawah jôngga.

Dene namanipun kênong ingkang agêng piyambak kênong dhadha lajêng suda agêngipun, dhawah laras 5 saya suda-suda agêngipun kaurutakên dumugi kênong manis, laras jôngga. Urutipun saking ingkang agêng 1 kênong dhadha, 1 kênong laras gangsal, 1 kênong laras gangsal nêm, 1 kênong laras gangsal barang, 1 kênong laras gangsal gulu (manis).

Tumrap kêmpul-kêmpulipun ugi makatên, satunggal gayor isi gangsal kêmpul, urutipun kados kênong kasêbut nginggil.

Dene urutipun ingkang laras agêng kêdah wontên kiwa. Lajêng satunggal gayor malih isi suwukan gulu, sarta barang, tumuntên satunggal gayor agêng isi gong laras nêm sarta laras gangsal utawi dhadha.

Kangge jamanipun kamajêngan punika, kênong-kênong sarta kêmpul-kêmpul tuwin suwukan, amêwahi ngês sarta rame, dhasar swaranipun runtut.

Wiwit Sinau Nabuh

Pasinaon nabuh ingkang sami dipun sênêngi sadhèrèk kangge wiwitan, inggih punika gêndhing pangkur. Mila anggèn kula ngarang nut punika ingkang kula angge miwiti ugi gêndhing pangkur.Dilanjutkan pada hlm. 513.

Nampèni Adelborst

Tumrap para neneman ingkang dumunung ing ngriki, inggih bôngsa Walandi, punapadene rakyat karajan Walandi ingkang kalêbêt golongan tiyang siti utawi bôngsa ngamônca wetanan ing tanah ngriki, tuwin ingkang ing tanggal 1 Sèptèmbêr ngajêng punika dèrèng umur 20 taun dipun sadhiyani panggenan wontên ing taun 1938 ing Koninklijk Instituut voor de Marine, Willemsoord (nagari Walandi): wolung panggenan tumrap sinau Zeeofficier (upsir laut) tigang taun.

Kalih panggenan tumrap sinau officier van den Marine-stoomvaardienst tigang taun.

Katrangan ingkang langkung cêtha bilih wontên ingkang nêdha, dipun têrangakên kanthi ijêman utawi sêrat dening Departement der Marine, Eerste Afdeeling, Batavia- C.

Telf. Wl. 2110 toestel 16.

--- [513] ---

[Lanjutan dari hlm. 512 : Kagunan Jawi]

Gd. Pangkur lr. Sl. Pt. sanga, lômba, katêlahipun Pangkur Lômba. Pola ôngka 1

[Notasi]

Ungêlipun gôngsa ingkang wiwitan, wiramanipun kêdah sêsêg. Jangkêp kaping 3 lajêng katambanakên, wirama sarèh mawi dipun gerongi.

Dados manawi wiwitan sinau sadèrèngipun sagêd nabuh, kêdah sagêd lagunipun anggerong rumiyin, kados ing ngandhap punika.

Pola ôngka 2

[Notasi]

Badhe kasambêtan.

R.Ng. Pringgaardana.

[Iklan]

--- 514 ---

Pèngêtan Sugêngipun Suwargi Sultan Sêlangor

Ing ngajêng sampun nate wontên wartos ing bab sedanipun Sultan Sêlangor, inggih punika ingkang seda kala tanggal 31 Marêt 1938 kapêngkêr. Ing ngriki badhe mratelakakên pèngetan sugêngipun suwargi Sultan Sêlangor wau.

Sultan Sêlangor suwargi punika jêjuluk Sultan Sir Alauddin Sulaiman Syah, kawiyosakên wontên ing kampung Têngah Sêlangor, kala ing dintên Sênèn tanggal 11 Sèptèmbêr 1865, dados dumugining seda yuswa 73 taun.

Sultan Sêlangor punika putranipun Raja Musa, putranipun pambajêng Sultan Abd. Samad miyos saking pramèswari Ratu Arfah, putrinipun suwargi Sultan Muhammad.

Kala ing Sêlangor wontên ura-uru, panjênênganipun tuwin ingkang rama sami wontên ing Singgapura. Satêntrêming praja, sawêg sami wangsul dhatêng Sêlangor, amargi ingkang rama dipun timbali kondur ingkang eyang Sultan Abd. Samad, badhe kajumênêngakên pangeran pati, ingkang kalampahan kala ing taun 1875. Ingkang rama jumênêngipun pangeran pati namung 9 taun, lajêng seda.

Sasedanipun pangeran pati wau, panjênênganipun Sultan Abd Samad lajêng sarêmbag kalihan Tuwan J.P. Rogers, Residhèn Sêlangor, ing bab ingkang sumilih pangeran pati. Wusana panjênênganipun ingkang kajumênêngakên pangeran pati, sumilih ingkang rama. Kala samatên sawêg yuswa 22 taun. Wusana panjênênganipun lajêng krama angsal Têngku Mahrum, putrinipun Têngku Dhiauddin pêputra saking Têngku Arfah, putrinipun Sultan Abd. Samad, dados angsal nak dhèrèk.

Sasedanipun Sultan Abd. Samad, panjênêganipun lajêng kajumênêngakên Sultan Sêlangor. Dumugining tanggal 10 Sèptèmbêr 1937, jumênêngipun sultan sampun 40 taun, ing ngriku kawontênakên pahargyan agêng-agêngan.

[Grafik]

Suwargi Sultan Sir Alauddin Sulaiman Syah

Ing kala sugêngipun Sultan Sulaiman nate ngraosakên sêkêl ing panggalih kaping kalih. Sapisan kala taksih jumênêng pangeran pati panjênênganipun krama kalihan wanita nama H Syofiah. Ing ngriku adamêl botên rêna ing pramèswari sêpuh, kalampahan pramèswari wau lajêng kondur andhèrèk ingkang rama, Tengku Diauddin ingkang wontên pulo Pinang, ambêkta putra sakawan, inggih punika: 1. Tengku Musaddin, putra ingkang sêpuh piyambak, 2. Tengku Mahiran, 3. Tengku Fatimah tuwin 4 Tengku Arfah. kajawi putra sakawan [sakawa...]

--- [515] ---

[...n] wau, panjênênganipun pramèswari ugi nuju ambobot.

Ing sajêngkaripun pramèswari saking kadipatèn, ing kadipatèn pinanggih sêpên, botên nate wontên rabining para agêng ingkang sami sowan. Pramèswari sêpuh ugi sampun wongsal-wangsul dipun aturi kondur, nanging kêncêng ing panggalih botên keguh dening aturipun sintên kemawon. Panjênênganipun saya putêk malih sarêng badhe jumênêng sultan, awit jumênêngan wau botên sagêd kasêmbadan manawi tanpa pramèswari. Wusana sang pramèswari ugi kalampahan kondur.

[Grafik]

Pambêktaning layonipun suwargi Sultan Sir Alauddin Sulaiman Syah.

Sêkêl ingkang kaping kalih, nalika putra pambajêng Tengku Musaddin dipun lorod saking anggènipun jumênêng pangeran pati, ingkang botên saking kaparêngipun sultan piyambak. Kalampahan panjênênganipun sultan ngantos gêrah saha têtirah dhatêng Inggris, nanging sajatosipun inggih gêgayutan kalihan lêlampahaning putra.

Kèndêlipun Têngku Musaddin wau adamêl ebahing manahipun rakyat ing Sêlangor, nanging sarèhning bab punika tuwuh saking kaparêngipun parentah Inggris, raos pamurinaning rakyat wau botên andayani punapa-punapa, dene ingkang gumantos jumênêng pangeran pati, Tengku Alamsyah, putra kakung nomêr tiga, inggih punika ing kalanipun sang pramèswari linggar saking pura taksih wontên ing bobotan.

Suwargi Sultan Sir Alauddin Syah, punika satunggiling sultan ing tanah Malayu ingkang kala sugêngipun ingkang sêpuh piyambak, misuwur ambêg mirah lan asih. Panjênênganipun ngagêm bintang kaluhuran wontên ingkang bintang wau dipun tampèni saking astanipun nata Inggris piyambak.

Ing kala sedanipun lajêng tuwuh rêmbag ruwêt ing bab ingkang badhe sumilih kaprabon. Nanging awit saking kaparêngipun parentah Inggris, ingkang kajumênêngakên têtêp Tengku Alamsyah, anggèning anjumênêngakên ing kala layon angajêngakên bidhal, ajêjuluk Sultan Hasanuddin Alamsyah.

Sasampunipun jumênêng, panjênênganipun sultan lajêng dhawuh ambidhalakên layon.

Kados makatên pèngêtan sugêngipun suwargi Sultan Sêlangor, sanadyan namung cêkakan, katingal wujuding babad praja ing salêbêtipun jumênêng.

--- 516 ---

Jagading Sato Kewan

Unta

Unta punika satunggiling kewan ing nagari bêntèr, limrahipun pinanggih wontên ing tanah Ngarab, tumraping para minggah kaji tamtu botên kêkilapan dhatêng kawontênanipun unta punika, awit limrahipun unta punika dados têtumpakanipun tiyang minggah kaji, kuwawi mlampah têbih sangêt ingkang hawanipun sakalangkung bêntèr.

[Grafik]

Saking limrahipun unta punika gêsangipun wontên ing nagari ingkang hawanipun bêntèr sangêt, ngantos wontên pangintên botên sagêd gêsang wontên ing nagari ingkang hawanipun botên bêntèr.

Nanging nyatanipun botên makatên, malah ing tanah ngriki ugi sampun wiwit wontên ingkang ngingah, kados ta ing Surakarta, dipun ingah wontên ing kêbon raja Sriwêdari. Katingalipun unta ingkang dipun ingah wau inggih lajêng omah, gêsangipun katingal têntrêm.

Kajawi ing Surakarta ing sapunika ing Bandhung inggih sampun wontên unta kêkalih, dipun ingah wontên ing kêbon binatang. Dhatênging unta wau nyarêngi lampahing para tiyang minggah kaji ingkang wangsul kantun piyambak. Mênggah wujuding unta kados ingkang kacêtha ing gambar.

[Grafik]

Ing bab gêsanging unta, punika pancèn inggih nyalênèh tinimbang kewan sanès-sanèsipun, golonganing kewan ingkang sarwa takatan, katôndha sagêd gêsang wontên ing hawa bêntèr sangêt, purun nêdha sawarnining têtêdhan, bêtah mlampah, sagêd tahan ngêlak tuwin luwe.

Dene bab tahan ngêlak tuwin luwe wau pancèn wontên sababipun, sanès dintên badhe kapratelakakên ing Kajawèn.

--- 517 ---

Wulang Sae

Andhap Asor.

Piwulangipun para sêpuh kina, sampun umum bilih andhap asor punika satunggiling watak ingkang prayogi sangêt dipun èsthi lan katindakakên. Malah ngantos wontên dhapukaning piwulang: sapa wonge andhap asor, mêsthi olèh pangaji-ajining liyan. Utawi: kinasihan ing sasama. Piwulang ingkang kados makatên punika pancèn inggih kathah lêrêsipun. Nanging ingkang sagêd mangrêtos ing tancêping raos andhap asor, punika ingkang taksih awis-awis ingkang mangrêtos. Jalaran ingkang kinajêngakên andhap asor ing piwulang wau, sanès solah bawa utawi tênaganing lair, malah lajêng kasambêtakên ing raosing batos. Amila manawi dipun tintingi yêktos, lajêng botên gampil sagêd dipun dumuk, kados punapa wujudipun tiyang ingkang kalêbêt andhap asor punika.

[Iklan]

Sanajan amastani badanipun piyambak kemawon, kathah ingkang tuna dungkap, daruna saking kadospundi. Botên liya amargi dèrèng paham yêktos ing sajatining ingkang nama andhap asor, ingkang ginêbêng

--- 518 ---

ing raos kabatosan. Malah sisip-sêmbiring panganggêp wau nêdya badhe nglampahi andhap asor, jêbul malah dhawah akosokwangsul.

Dene mênggah ingkang nama andhap asor ingkang sajati punika, kêdah gadhah raos bilih awakipun punika kawon sae, kawon utami, kawon… punapa-punapanipun kalihan sintêna tiyang ingkang dipun andhap asori, kang môngka nancêpakên ing raos kados makatên wau tuhu angèl yêktos. Nanging ingkang kathah sagêdipun lampah andhap asor, namung nandukakên ing tênaga lair. Dene nandukakên andhap asor ing lair wau yèn sarana dipun damêl, mênggahing kabatosanipun malah dhawah akosokwangsul (botên andhap asor malah kumaluhur). Cobi kagaliha, sawênèhing sadhèrèk sok wontên ingkang kadunungan watak sabên wontên ing pajagongan utawi sasrawungan, botên purun lênggah anglênggahi sapapan punapa mêsthinipun, malah kadamêl ing sangandhapipun, bêbasan: olah ngisor. Tiyang ingkang gadhah lagean ingkang kados makatên wau, katingalipun umum, alok tiyang ingkang andhap asor, nanging mênggah sajatosipun, trêkadhang malah gumêdhe. Jalaran tiyang wau sagêd ugi gadhah pangraos: aku lungguh ing kene iki harak tak jarag angêsorake ing dhiriku, bênêre palungguhanku rak ana ngisor talang kana. Yèn tiyang wau gadhah raos makatên, hla punapa sagêd nama tiyang andhap asor, lah mêsthi malah tiyang kumaluhur (ngakên luhuring dhirinipun). Dados ingkang têtêp nama ambêg andhap asor ingkang sajati punika ingkang sagêd angêcakakên tênaga olah ngandhap tur raosing manahipun botên angrumaosi ngêsorakên ing dhirinipun. Têgêsipun anggèning ngênggènakên ing awakipun ing ngriku wau, ngrumaosi bilih lênggahipun pancèn ing ngriku punika. Dados botên ngrumosi yèn angêsorakên ing dhirinipun. Mila inggih angèl sangêt.

Kyai Pacitan.

[Iklan]

Pawartos saking Administrasi.

Lêngganan nomêr 4161 ing Banjarmasin. Lêngganan kapetang wiwit: 1 December 1937, bayaran tumrap kuwartal I sawêg dipun sahi kaping 8-3-'38, botên pikantuk.

Lêngganan nomêr 5052 ing Kraksan. Lêngganan kapetang: 1-2-'38. botên angsal bêbingah.

Lêngganan nomêr 5104 ing Panican. Lêngganan kapetang wiwit 1-2-'38. botên angsal bêbingah.

--- 519 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Bab Suryawirawan.

VII.

Petruk : Kang Garèng, mêsthine kowe iya wis bosên wijaya, wong mung ngrêmbug prakara Suryawirawan bae, kathik dawa ngalur-alur mangkene, mulane rêmbug iki cara maine padha dilabasake ing dina iki bae, lan liya dina banjur padha rêmbugan ing bab liyane manèh. Kanggo angrampungake rêmbug iki, saiki tak ngandharake pambudidaya kang ôngka 5 yaiku: andhêdhêri rasa kuwajiban lan rasa nanggung jawab.

Garèng : Dadi para mudha kuwi kudu didhêdhêri supaya padha ngrêti nyang wajib, ta, wah, iki bênêr bangêt, Truk. Dadi wong urip kuwi ora kêna ora kudu ngrêti nyang wajib, yaiku sing diarani sahadat, salat, jakat, pasa, lan munggah kaji.

Petruk : Wayah, kok banjur ngêtokake rukun Islam limang prakara mangkono. Iki mula iya nyata wajib kang kudu ditindakake kanthi têmên-têmên. Mulane banjur ana unèn-unèn sing mangkene kae: pêngên anggonmu manêmbah nyang Pangeranmu, awit elinga yèn nyawamu iki bisa dipundhut mêngko utawa sesuk, nanging kowe kudu tansah eling, yèn wajib sing kok kandhakake mau, sanyatane mung kanggo makani rohe bae, saiki sing kanggo pakane badan wadhapwadhag. apa, Kang Garèng. Mulane uwong urip kuwi kudu ngrêti nyang wajib: golèk dhuwit.

Garèng : Wah, hla kiyi aku ora cocog, Truk, hla wong dikon urip tangat, ya kuwi mêmpêng panêmbahe nyang Pangeran, kathik cara Landane tevens, yaiku: dibarêngi golèk dhuwit, môngka jarene dhuwit kuwi lêlêthêking donya.

Petruk : Dianggêp lêlêthikinglêlêthêking. donya, ya kuwi yèn wong banjur amangeran mênyang dhuwit mau, Kang Garèng. Hla nèk wong mung ngêndêlake nyang anggone manêmbah nyang Pangerane bae, apa rumasamu banjur mak pêthongkrong ana sêga pêcêl ana ing ngarêpmu. Ora bisa, Kang Garèng, nèk ora disaranani golèk dhuwit, kêpriye bisane mêmpêng anggone arêp tindak tangat mau. Awit jalaran saka ora duwe dhuwit kang kanggo piranti badan wadhag, awake apa banjur ora lêmês, suwe-suwene banjur ngêmis, sabanjure dupèh anggone ngêmis mau mung olèh sasèn rong sèn, ora tlatèn, wusananing ana jarit sampiran banjur… diopèni.

--- [520] ---

Garèng : Ambok banjur nayab ngono bae rak iya uwis, kathik nganggo dicengkokake barang.

[Grafik]

Petruk : Iya, Kang Garèng, mara, apa kadadeane anggone jarene mêmpêng manêmbahe nyang Pangerane mau, apa malah ora nyang nêraka, kang atêgês: sing diênêr ora têka. Mulane unèn-unèn pêngên anggone manêmbah ing Pangeranmu, awit elinga yèn nyawamu kuwi bisa dipundhut mêngko utawa sesuk, kuwi iya kudu ana timbangane mangkene: pêngên anggonmu golèk dhuwit, upamakna yèn uripmu bakal salawas-lawase. Kajaba iku wong urip kuwi kudu ngrêti nyang kuwajiban, mulasara awake dhewe lan anak bojone, ngrêti nyang kuwajiban mungguhing pasrawungan lan sapiturute. Iki kabèh andharane pancène iya panjang lebar, Kang Garèng, nanging mundhak ambosêni, mulane cukup samono bae.

Garèng : Iya wis ngrêti aku, Truk, saiki ing bab rasa nanggung jawab, wah, nèk bab kiyi cêkake wis ana ing kêpekanaku, Truk, wong urip kudu duwe rasa nanggung jawab, kuwi karêpe: wong urip kudu bisa nangung jawab ing bab ngêndi sing wajib, ngêndi sing sunat, ngêndi sing mêkruh, ngêndi sing wênang, sing batal, sing halal, sing…

Petruk : Iya, iya , Kang Garèng, nanging iya ora mung mangkono bae, kabèh kang dilakoni lan ditindakake, kudu wani nanggung jawabane, têgêse: wani nanggung kêpriye kadadeane ing têmbe buri. Aja yèn apik kok banjur sêsumbar mangkene: wong iya aku sing nindakake, nanging barêng kadadeane ala, unine: sanès damêlan kula, iki apêse iya tumindake wong clila-clili.

Garèng : Dadi karêpe, Truk, wong sing duwe rasa wani tanggung jawab kuwi, ala bêcik iya wani andhadhagi, ta, iya wis ngrêti aku, saikine banjurna andharanamu.

Petruk : Kang ôngka nêm. Disinau makuwon ana ing ara-ara utawa ing tanah blak-blakan, supaya kêtuwuhan ati trêsna nyang alam lan Pangeran.

Garèng : Wah, pikiranaku rada glatho-glatho, Truk, hla uwong têka dikon trêsna karo alam, wong rupane alam kuwi rumasaku padha bae, aku durung tau mênangi anggone…ayu, Truk.

Petruk : Wayah, kathik kaya prawan dikon ayu barang. Bangsane dhewe umume kuwi pancèn iya anduwe trêsna nyang alam, awit ing tanahe dhewe iki ditêkdirake têrus-têrusan olèh soroting srêngenge.

--- 521 ---

Kang anjalari kaanane alam ajêg padhang, ajêg gilang-gêmilang. Ing sarèhne sabên dina nyumurupi kang kaya mangkono mau, rumasane kaanane alam banjur padha bae, kang wohe banjur ora anduwèni trêsna. Iki sabênêre kaliru bangêt, Kang Garèng. Wong urip kuwi sanyatane kudu ngandêl mênyang kodrat (kuwasa) lan wiradating (krêsaning) Pangeran. Jarene wong urip kuwi kudu trêsna, wêdi lan angaji-aji marang Pangeran. Saka dening panguwasa lan trêsnaning Pangeran ingkang kuwasa wis nitahake alam, kang mangkono kuwi wong urip kudu angrêgani lan angaji-aji. Nanging mula iya nyata: tuwuhing trêsna kuwi saka kulina. Nèk para mudha ora dikulinakake mêlancong utawa makuwon nyang ara-ara, utawa nyang papan têgalan, mung ana ing sajêroning ngomah bae, mêsthine iya banjur ora kêtuwuhan trêsna nyang alam mau. Mulane para mudha disinau, lan dikulinakake sing mangkono mau, aku mupakat bangêt, awit yèn ing têmbe tuwuh trêsnane nyang alam, mêsthi banjur kandêl prêcayane nyang kodrat lan wiradate Ingkang Kuwasa, iki atêgês: rasa trêsna, wêdi, bêkti mênyang Ingkang Kuwasa saya kandêl, Kang Garèng.

Garèng : Iya wis, Truk, aku tak ngandêl nyang andharanamu kiyi. Saiki banjurna manèh katêranganamu.

Petruk : Kang kaping 7, nyinau sarana marga warna-warna ing bab kaprigêlan. Yaiku upamane sarana ulah raga rupa-rupa.

Garèng : Ulah raga, aliyas main sêporêt, dadi iya kayadene bal-balan, main tènis, bètminton, lan sapadhane. Iki aku durung bisa anêksèni bêcike, sing wis gênah lan cêtha wela-wela: promosi anggone ngêntèk-êntèkake dhuwit, kaya ta; kanggone main tènis, kudu tuku rèkêt, bal, sêpatu tènis, durung kanggo sing bêsus, tuku rèkêt iya êmoh sing murah-murahan, apa iki ora mung ngajak malarat.

Petruk : Wayah, yèn banjur mung arêp gagah-gagahan bae, iya mêsthi bae yèn akèh waragade. Nanging rak bisa, ta, ulah raga sing ora ambuwang dhuwit akèh-akèh, kaya ta: gobag sodoran,…

Garèng : Mêksa uga mundhak waragade yèn ditimbang karo sêparat-sêporot, awit anggone ngombe lan mangan banjur dhobêl tripêl, hla nèk sêporêt,… macul, arêpa mangane andhobêl, wong ana paedahe…

Petruk : Iya, iya, sêporêt macul iya kêna, anggêre jênêng ulah raga bae, awit uwong kuwi anggêr kulina ulah raga, awake banjur waras, yèn awake waras, pikirane iya waras. Kajaba saka iku kabèh kang kanggo ngajokake para mudha mau ana manèh pranatan liya-liyane kang absah, têgêse: pranatan-pranatan kang dipigunakake, kang ora cêngkah klawan parentah sarta wêwalêring nagara utawa agama. Kang Garèng, kaya-kaya wis cukup andharan ing bab Suryawirawan iki. Bêcik orane kowe mêsthine saiki rak bisa nimbang dhewe.

--- 522 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI

Pamulangan Kleermaker. Ing Kêbumèn wontên pamulangan Kleermaker ingkang dipun adani dening Tuwan Moh. Muhni, pambikakipun wiwit kala tanggal 1 Januari 1938, kanthi bayaran ing dalêm sawulanipun f 2.50, lamining pasinaonipun sataun. Dumuginipun sapunika muridipun kathah, malah nampèni murid saking sanès nagari punapa.

[Grafik]

Dr. Sitanala sampun wangsul saking Mêsir. Ing kala tanggal 14 wulan punika Dr. Sitanala (kacêtha ing gambar) sampun wangsul saking anggèning anjênêngi congres babagan sêsakit lepra ing Mêsir. Miturut katranganipun Dr. Sitanala, ing kala congres punika wontên wêwakil saking nagari-nagari cacah 55 nagari. Tumrap tanah ngriki kawigatosakên dening parêpatan. Ing sapunika saya katingal ing bab tataning panyêgah sêsakit lepra wau.

Gusti Bandara Radèn Ayu Jayadiningrat seda. Kala ing dintên Rêbo kêpêngkêr, G.B.R.A. Jayadiningrat, sadhèrèk dalêm sampeyan dalêm ingkang wicaksana seda, yuswa 76 taun, jalaran gêrah sêpuh. Layon kasarèkakên dhatêng astana Lawean.

Expeditie Archbold. Parentah sampun nêtêpakên tumindaking Expeditie Archbold dhatêng Nieuw Guinea. Tumrap tanah ngriki badhe miji Dr. Toxopeus, Dr. Meyer Drees tuwin punggawa sanèsipun. Expeditie punika badhe tumindak nglêmpakakên kewan-kewan, pêksi-pêksi tuwin têtanêman, kajawi punika ugi badhe anggambar saking gêgana. Expeditie punika mawi ambêkta motor mabur kanthi punggawa juru anggêgana bangsa Amerika 3. Tumrap militèr dipun kanthèni tigang bragada têtindhih kaptin tuwin punggawa kasarasan dipun tindhihi dhoktêr militèr.

Tamu saking Siam. Kados ingkang sampun kawartosakên, tamu agung saking Siam, ing sapunika sampun rawuh, inggih punika pramèswari warandha Nata Siam asma Swang Awdhana, eyang Naya Siam ingkang jumênêng ing sapunika. Rawuhipun anjujug ing dalêmipun Pangeran Paribatra ing Bandung, dene ingkang andhèrèk, Pangeran Rangsit, nyare wontên ing hotèl. Sang putri punika sampun yuswa 75 taun. Anggènipun wontên tanah ngriki laminipun 6 minggu.

Kintunan jagung dhatêng Jêpan. Ing wêkdal punika kintunan jagung saking tanah ngriki dhatêng Eropa pinanggih suda. Dene tumrap Jêpan saya majêng, kala tanggal 20 April, kapal Nagayo Maru momot jagung 1800 ton saking Banyuwangi.

Dipun awisi mangangge sakenging-kengingipun. Kawrat dhawuhing parentah praja Surakarta dhatêng para bupati, supados andhawuhakên kêncêng dhatêng para andhahanipun, manawi kêkesahan ingkang botên nindakakên wajib, sampun mangangge sakenging-kengingipun, kados ta sarungan, hancincon, kuplukan tuwin sanès-sanèsipun. Samangsa kasumêrêpan wontên ingkang mangangge makatên supados kalapurakên. Tumindaking dhawuh punika minangka angambali dhawuh ingkang sampun kadhawuhakên ing ngajêng, ing bab babagan tatakrama.

Gladhèn pêrang abdi dalêm prajurit. Sampun sawatawis dintên, abdi dalêm prajurit ing Surakarta sami dipun gladhi pêrang-pêrangan wontên ing pakampungan tuwin padhusunan. Miturut wartos gladhèn wau dipun gambar kangge film, badhe kapitongtonakên benjing dhawahing pèngêtan adêging karaton Surakarta 200 taun.

Têtakan Muhammadiyah. Muhammadiyah pang Surakarta mêntas ngawontênakên têtakan tumrap lare-lare anakipun têtiyang kêkirangan. Cacahing lare ingkang dipun têtaki wontên 103, kawiwitan enjing, jam 9 sampun rampung sadaya. Ingkang nêtaki para bong kanthi dipun titipriksa dening Dr. Suratman Erwin.

Kêndho kêncênging rèk jêklekan damêlan tanah ngriki. Kala jaman sangêt-sangêting ngrêkaos, rèk jêklekan damêlanipun têtiyang ing dhusun Ngunut, Tulungagung, pinanggih majêng sangêt, amargi têtiyang sami tumindak ngrid. Kala samantên têtiyang ingkang angsal têdha jalaran saking padamêlan wau wontên tiyang sèwu gangsalatusan. Wusana sarêng jamanipun wiwit pulih, inggih punika wiwit ing taun 1937 kathah rèk jêklekan saking sajawining praja malêbêt malih, padamêlan wau lajêng suda.

Nglajêngakên paboyongan ing Pulo Laut. Ingajêng wontên wartos bilih tumindaking damêl paboyongan ing Pulo Laut dipun kèndêli. Ing sapunika wontên wartos badhe kalajêngakên malih.

Pêpajênganing kartu pos mindhak. Gêgayutan kalihan mandhaping prabeya pos, pêpajênganing kartu pos mindhak kathah sangêt. Ingkang pinanggih ing taun kêpêngkêr pêpajênganipun sampun tikêl.

Pabrik agêr-agêr. Miturut wartos ing Kudus badhe dipun dêgi pabrik agêr-agêr, ingkang dipun adani dening bangsa Eropa. Ingkang dados badhening agêr-agêr wau sukêt sagantên, pamêndhêtipun saking pasisir Jêpara tuwin Juwana. Ingajêng agêr-agêr ingkang dipun sade wontên tanah ngriki sapunika wêdalan Jêpan tuwin Tiongkok.

Majênging padagangan sigarèt. Pinanggihipun wontên ing wêkdal punika padagangan sigarèt wêdalan tanah ngriki sagêd andhêsêg padagangan sigarèt saking sajawining praja. Pamêdal sigarèt ing tanah ngriki ing dalêm sataun wontên rêrêgèn f 36.000.000.-. Rêrêgèn samantên wau ingkang kalinting mawi mêsin 26 yuta, ingkang lintingan tangan 10 yuta. Tumrap sês krètèk wontên rêrêgèn f 12.000.000,-. Ajênging padagangan wau pinanggih wiwit sadasa taun kêpêngkêr.

Koncatan sêsakit pest. Dumuginipun sapunika ing Cijulang, Dhistrik Panjalu tuwin Cikonang, Dhistrik Ciamis, sami Kabupatèn Ciamis, sampun botên kambah ing sêsakit pest malih. Wontênipun sagêd mastani makatên, amargi sampun langkung 2 wulan ingriku sampun botên wontên tiyang ingkang kêtrajang ing sêsakit pest.

Persatuan Perusahaan Bathik Bumiputra ing Ngayogya. Ing sapunika adêging Persatuan Perusahaan Bathik Bumiputra ing Ngayogyakarta sampun sagêd nêtêpakên warganipun pangrèh enggal, inggih punika, direcsa Tuwan M.A. Zakarsie, sêsêpuh Tuwan Jayèngkarso, panitra Tuwan Subani, artaka Tuwan Haji Muhadi tuwin pambantu Tuwan Jamingun. Toko tuwin cooperatie, punapadene kalawartinipun ingkang nama Blencong P.P.B.B.P. têtêp botên ewah.

Têdhak dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana anjumênêngi conferentie. Miturut wartos, têdhak dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana anjumênêngi conferentiening para bupati ing Malang ing wulan Mèi ngajêng punika, kondur dalêm badhe mampir ing Madiun, nyare wontên ing Grand Hotel Sarangan, enjingipun têdhak dhatêng Maospati, Ngawi tuwin Mantingan, lajêng dhatêng Surakarta, saking Surakarta dhatêng Magêlang anjumênêngi conferentie para bupati ing Jawi Têngah, salajêngipun anjumênêngi conferentie para bupati ing Jawi Kilèn wontên ing Bandung.

M.H.S. tuwin A.M.S. ing Surabaya. Kawartosakên bilih ing Surabaya badhe kaêdêgan Middelbare Handels School, dene Algemeene Middelbare School ing Malang badhe kadadosakên satunggal wontên Surabaya. Pamulangan kalih pisan wau badhe kadèkèk wontên ing filiaal H.B.S. ingkang sapunika dipun ênggèni veldpolitie. Nanging jalaran pindhahing veldpolitie wau taksih dangu, tumindakipun sawêg benjing taun 1939.

Arta kêrtas palsu. Pulisi ing Mênado nyêpêng têtiyang bangsa Tionghwa pintên-pintên ing Tondano ingkang kadakwa nyêbar arta kêrtas palsu anggangsal rupiyah. Arta wau kakintên damêlan saking Tiongkok. Mênggah bedanipun arta kêrtas wau ingkang palsu wau kalihan ingkang botên, ungêl-ungêlan ingkang lêrêsipun Haarlem, mungel Haarlen. Kajawi punika, arta kêrtas palsu wau manawi kenging toya lajêng mutah cètipun.

Damêl sarêm ing Kalikobak. Wiwit tuwuhipun jaman ngrêkaos, tumrap têtiyang ing dhusun Kalikobak, Sragèn, sagêd angsal panggêsangan sarana damêl sarêm mêndhêt saking toya sumur ingkang kenging kadamêl sarêm, lajêng kenging katêdha utawi kasade kangge cagak gêsang. Ing sapunika wontên dhawuh saking ingkang wajib, pandamêlipun sarêm saking sumur wau namung kaparêngakên ing salêbêtipun nêm wulan malih.

--- 523 ---

Parêpatan para dhoktêr kewan. Benjing tanggal 13, 14, 15 tuwin 16 Juni ngajêng punika ing Bêtawi wontên parêpataning para dhoktêr kewan ing saindêngipun tanah ngriki. Ingkang badhe parêpatan punika botên ngêmungakên dhoktêr gupêrmenan kemawon, ugi tumrap golongan dhoktêr sanès-sanèsipun. Mirid rancangan badhe wontên rêmbag wigatos 25 bab. Parêpatan punika angsal pambiyantu warni-warni saking parentah tuwin saking sanès.

Pêpanggihan familie bond P.W.B. Nalika tg. 17 ingkang kapêngkêr familie bond "Pusoro Wargo Banyurip" ngawontênakên pêpanggihan manggèn wontên griyanipun R. Darmodirêjo ing Gênêng, Jombang, dipun pangajêngi dening R. Sukarno Cindar Harimurti. Pêpanggihanipun para kadang P.W.B. sami anêtêpakên para pangrèh agêng P.W.B., sami darah Banyurip.

Para familie P.W.B. sadaya para turun-turuning Nata Jawi, lan P.W.B. gadhah idham-idhaman badhe nyawijèkakên kadang lan angèsthi luhuring budi nyambut damêl gotong royong, abêbrayan. Dene sumêbaring darah wau mèh pinanggih ing pundi-pundi, mila nalika ngawontênakên pêpanggihan wau kathah ingkang dhatêng saking sanès nagari (P).

Pamulangan luhur dhoktêr. Lulus doctoraal examen perangan kapisan, Tuwan Bêrmawi. Lulus doctoraal examen perangan kaping tiga, Tuwan Siok Hie Ko.

Obat nyamuk. Ingkang sampun kalampahan, obat nyamuk punika ingkang kadamêl bangsaning sêkar pêthak asli wêdalan saking Jêpan. Nanging sarêng sapunika kawontênanipun pinanggih kados makatên, botên sagêd andhatêngakên barang ingkang kados makatên wau. Dene wijining tanêman wau sampun nate wontên ingkang angsal, nanging sarêng dipun tanêm wontên ing tanah ngriki botên sagêd gêsang. Ing sapunika bawah Surakarta wontên ingkang nanêm sêkar ingkang kenging kangge obat nyamuk wau wontên ing parêdèn Mêrapi, sagêd sae, ing pangintên lajêng badhe sagêd dipun tangkarakên. Dene pandamêling obat nyamuk wau, dipun abêni lisah pèt, lajêng kenging kadamêl kadosdene obat nyamuk limrah.

Durjana ingkang malêbêt dhatêng toko mas ing Surakarta. Ingajêng sampun nate kawartosakên, ing Surakarta wontên durjana malêbêt ing toko mas lajêng nêdha barang-barang, salajêngipun kenging kacêpêng. Tiyang wau ingajêng ngakên nama Rama. Kala kacêpêng mawi nandhang tatu jalaran kenging pistul, ing sapunika sampun saras. Tiyang wau sajatosipun nama Abdullah, ingajêng dados warga marine, sampun nate kaukum, saha sampun nate nindakakên apus wontên ing Bandung. Salajêngipun badhe kapriksa prakawisipun, saha ugi badhe kapriksa ing bab babagan prakawis ing Bandung.

Mèngêti adêging Raad Kawula 20 taun. Miturut wartos benjing tanggal kaping 18 wulan Mèi ngajêng punika, Raad Kawula badhe mèngêti adêgipun sampun 20 taun, mawi ngêdalakên buku amèngêti tidak ing salêbêtipun 10 taun.

NAGARI WALANDI.

Upacara mbabtis. Kawartosakên benjing dhawahing dintên pambabtis dalêm Putri Beatrix, badhe wontên golonganing lare-lare kathah sami mênyanyi wontên ingarsa dalêm Sri Paduka Prinses Juliana tuwin Sri Paduka Prins Bernhard ing pura Noordeinde.

Angsal-angsalanipun K.L.M. Miturut palapuran, angsal-angsalanipun K.L.M. ing salêbêtipun taun 1937 wontên f 8.900.000.-, mindhak 2 yuta rupiah tinimbang taun ingkang kêpêngkêr. Arta pambiyantu saking parentah têtêp f 1.550.000.-.

Pikramèn agung. Benjing tanggal 4 Mèi ngajêng punika Prins Louis Ferdinand van Hohenzollern badhe krama kalihan Groothertogin Kyra saking Ruslan, ijabipun wontên ing Doorn, nagari Walandi, katindakakên dening hofdrediker Dr. Dohring.

EROPA.

Golongan ambalela kêcêpêng. Codreanu, pangajênging ebah-ebahan fascist ing Rumenie, kanthi têtiyang andhahanipun cacah 200 sami kacêpêng. Têtiyang wau pinanggih sawêg arak-arakan wontên ing Bukarest, dene kajêngipun badhe ngêbrukakên parentah.

Kitha sangandhaping siti. Wontên wartos, ing Paris wontên rêmbaging para pangagêng, nêdha badhe ngawontênakên kitha ing sangandhaping siti, lêbêtipun 80 m lêrês sangandhaping kitha Paris. Tata wangunanipun botên beda kados kitha limrah. Sêdya ingkang makatên wau pêrlu kangge anjêmbarakên têbaning kitha utawi kangge pandhêlikan samangsa wontên bêbaya.

[Iklan]

Kasangsaran motor mabur. Motor mabur militèr Italie ingkang anggêgana wontên sanginggiling papan anggêgana ing Lonate dhawah wontên sacêlaking kitha Serravalle Sesia. Tiyang 3 punggawaning motor mabur wau sami tiwas, tuwin wontên satunggal ingkang nandhang tatu.

Lindhu ing Turki. Ing Dhistrik Kirshehir, Turki, wontên lindhu agêng sangêt, kawêkasanipun wontên dhusun 15 sami sirna babar pisan. Cacahing tiyang ingkang kasangsaran dèrèng kasumêrêpan. Miturut wartos ingkang kantun, têtiyang ingkang tiwas kintên-kintên 250.

Ngapuntên dêdosan. President Benesj ing Tjsecho Slowakije anandhatangani sêrat karampungan bab ngapuntên têtiyang dêdosan 1000, ingkang kadakwa gadhah tindak mitênah, kajawi ingkang pancèn dosa agêng tuwin sêpiyun.

Sisa granaat anjêblos. Ing sacêlakipun Nervesa Della, Italie, wontên lare manggih sisa granaat ing kala jaman pêpêrangan. Granaat wau lajêng dipun bêkta, wusana lare wau dhawah, granaat wau anjêblos, larenipun tiwas. Wontên lare 9 ingkang tut wingking ugi sami tiwas.

ASIA.

Nunggilakên golongan. Wontên wartos, bilih ministêr babagan salêbêting praja Jêpan, Admiraal Suetsugu, badhe mangagêngi sawarnining golongan pakêmpalan pulitik, supados sagêd nunggil dados pakêmpalan kabangsan.

Bom anjêblos wontên salêbêting motor mabur. Satunggiling motor mabur ingkang anggêgana saking Hongkong dhatêng Hankow, ingkang dipun tumpaki T.V. Soong tuwin bangsa Tionghwa sanès-sanèsipun ingkang pangkat inggil, nalika wontên têngahing margi wontên bom ing salêbêting kanthong post anjêblos.

AMERIKA.

Tampi wêlingan motor mabur. Miturut wartos, Amerika nampi wêlingan motor mabur saking Inggris 100 iji, sami motor mabur pirantos pêrang, kangge ambucal bom, ingkang lampahipun rikat sangêt.

AFRIKA.

Tindakipun tilas Nata Ngabêsi. Tilas Nata Ngabêsi mêntas kintun sêrat dhatêng Volkenbond, ingkang suraosipun taksih badhe ngintunakên wêwakil ing parêpatan.

--- 524 ---

Wêwaosan

III. Lêlampahanipun Budimirowic.

69

Para nyai-para nyai wau lajêng enggal-enggal murugi gustinipun. Sarêng sami sumêrêp wontênipun griya tiga wontên ing sangajênging kaputrèn ingkang sakalangkung èdi wau, gumunipun tanpa upami. Dene Dèwi Sabawa piyambak, botên beda kadosdene limrahipun para wanita, inggih lajêng kapengin sumêrêp mênggah kawontênanipun griya tiga wau. Salajêngipun sang putri nuntên enggal-enggal busana, mawi ngagêm dhuwung, sarta lajêng ajak-ajak salah satunggal putri santana mêdal saking kaputrèn prêlu amriksani kawontênanipun griya enggal tiga punika. Sarêng dumugi ing griya ingkang ôngka satunggal, sang putri kèndêl amirêngakên wontên ing jawi. Ing nglêbêt kamirêngan kumrincinging arta êmas tuwin salaka ingkang sawêg dipun etang ing tiyang. Malah sajatosipun punika bandhanipun Budimirowic ingkang sawêg kaetang saha kawadhahan ing pêthi. Sang putri lajêng murugi griya sanèsipun saha lajêng amirêngakên kanthi yêktosan. Ing nglêbêt griya ngriku sang putri mirêng suwaraning tiyang klêsik-klêsik: Inggih punika tiyang èstri sêpuh ingkang sawêg anêmbah dhatêng Pangeranipun, amêmuji sarta anênuwun supados anakipun jalêr sagêda wilujêng lan sênêng gêsangipun. Salajêngipun sang putri nglajêngakên tindakipun dhatêng griya ingkang ôngka tiga, wontên ing ngriku sang putri inggih lajêng amirêngakên malih. Ing nglêbêt kamirêngan suwaraning clêmpung mawi dipun timbangi ing suwara ingkang êmpuk lan sakeca, sarta mawi dipun gerongi dening para mudha sawatawis. Awit ing kala punika Budimirowic sawêg sênêng-sênêng kalihan para andhahanipun.

Ing sanalika punika ing sanubarinipun wanita kêkalih wau tuwuh manahipun kapengin sangêt lumêbêt ing griya ngriku prêlu badhe anêksèni anggènipun para mudha sami sênêng-sênêng wau. Kanthi alon-alon putri kêkalih wau lajêng ambikak kori ingkang anjog ing kamar ingkang ôngka satunggal. Ing nglêbêt ngriku katingal sae lan asri sangêt, pangêcètipun êpyan angemba ngawiyat anggadhahi raos gêsang sayêktos, wulan saha lintang-lintangipun ingkang abyor sumorot amadhangi ing kamar wau, dene ing pojoking kamar sulak abrit pêpêthanipun surya ingkang badhe mlêthèk. Saking ngriku putri kêkalih wau lajêng sami nginjên ing salêbêting kamar sanèsipun. Mênggah kawontênanipun kamar ingkang ôngka kalih punika, kajawi langkung jêmbar ugi langkung èdi katimbang kamar ingkang ôngka satunggal. Ing salêbêtipun kamar ngriku wontên para mudha ingkang sami mangangge sarwa sae lan pèni cacahipun tigang atus, ingkang ing kala punika sawêg sami jêjogedan tuwin têtêmbangan. Nanging dumadakan ing wêkdal punika para mudha wau ujug-ujug sami sumêrêp dhatêng sang putri, lan sadaya lajêng sami kèndêl anggènipun sami jêjogedan tuwin têtêmbangan sarta lajêng sami nyawang dhatêng sang putri wau. Dèwi Sabawa sakalangkung kagèt, sakala punika karaos sariranipun sakojur gumêtêr, tuwin mastakanipun karaos mubêng. Sarêng Budimirowic nyumêrêpi ingkang makatên punika, enggal-enggal lajêng murugi sang putri, nyandhak astanipun saha lajêng umatur dhatêng sang putri makatên:

Sangêt bingahing manah kula, dene panjênênganipun sang putri, putra kapenakanipun Prabu Wladhimir, krêsa angrawuhi ing pondhok kula punika.

Priksa wujuding tiyang anèm ingkang bagus tuwin karêngga ing busana wau, sang putri rumaos kapranan panggalihipun, nanging mêksa katingal lingsêm sangêt, ewasamantên, sang putri lajêng amangsuli makatên:

Nuwun, lan kaparênga kula ngaturi sugêng panjênêngan Sang Budimirowic, dene panjênêngan samangke sampun dumunung wontên ing ngriki. Walèh-walèh punapa, sajatosipun kula rumaos sampun cocog kalihan panjênêngan, lan kula inggih botên badhe selak saupami kapêndhêt dados garwa ing panjênêngan.

Patrapipun sang putri ingkang makatên punika, sajatosipun inggih kirang ngèstrèni, nanging mênggahing Ruslan ing jaman kinanipun wanita punika dipun wênangakên naros dhatêng priya dados têtimbanganipun. Malah dumuginipun samangke, tumraping salaki rabi, wanita ing Ruslan punika langkung mardika katimbang ing nagari sanès-sanèsipun.

Budimirowic punika asli saking sanès praja, inggih punika saking Penesiah, ing ngriku tatacaranipun beda sangêt kalihan ing Ruslan. Amila sarêng mirêng ngandikanipun sang putri ingkang makatên punika, lajêng enggal-enggal amangsuli makatên:

Sajatosipun kula sampun rêmên dhatêng panjênêngan, dhuh sang putri. Nanging kula botên cocog manawi panjênêngan ingkang naros kula supados kula puruna dados têtimbangan panjênêngan. Ing nagari padunungan kula punika, kênya amung pasrah, ingkang wajib anglamar punika jêjaka.

Mirêng aturipun Budimirowic ingkang makatên wau, sang putri sakalangkung anggènipun lingsêm ngantos waspanipun daleweran. Astanipun enggal-enggal dipun uculi saking tanganipun Budimirowic, saha lajêng tumuntên kondur dhatêng ing kadhaton. Badhe kasambêtan.

__________

Isinipun: Kawah Ijèn - Marsudi Gêndhing Jawi - Pèngêtan Sugêngipun Suwargi Sultan Sêlangor - Unta - Andhap Asor - Bab Suryawirawan - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.

--- 65 ---

Nomêr 17, 27 April 1938, taun III

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta Rr. Siti Mariyam, kawêdalakên sabên Rêbo.

Mèngêti R.A. Kartini.

Kala tanggal 21 April punika, ing dalêmipun Radèn Ngabèi Sasraadikusuma, College van Gedelegeerden, ing Salembaplein, Batawi, kawontênakên pahargyan mèngêti suwargi panjênênganipun R.A. Kartini. Ing kala punika up amtênar Bale Pustaka, Dr. K.A.H. Hidding tuwin sanès-sanèsipun ugi rawuh prêlu ngaturakên buku babaran enggal ingkang sawêg kawêdalakên wontên ing dintên wau, inggih punika prêtalan sêrat-sêratipun R.A. Kartini ing basa Malayu.

[Grafik]

Tuwan Dèrèng. K.A.H. Hidding tuwin amtênar kêkalih ing kantor Bale Pustaka ingkang tumut anjênêngi pèngêtanipun R.A. Kartini. Putri ing têngah R.A. Sumatrisasra Adikusuma.

Kados para maos kathah ingkang sampun uninga, bilih Radèn Ayu Sumatri Sasraadikusuma punika ingkang rayi R.A. Kartini. Ing padatan, sabên taun kawontênakên pahargyan mèngêti R.A. Kartini. Ing taun punika Bale Pustaka ugi tumut mahargya panjênênganipun suwargi wau ingkang kenging dipun wastani ragi langkung.

Radèn Ayu Sasraadikusuma punika kaparêng ambiyantu dhatêng kantor Bale Pustaka, kanthi amaringi nyambut gambar-gambar kulawarga tuwin mitra-mitranipun R.A. Kartini, ingkang dèrèng nate dipun giyarakên. Kajawi panjênênganipun, ingkang bupati Japara sapunika, Radèn Adipati Arya Sukahar ugi ambiyantu aparing gambar tanah wutah rahipun

--- 66 ---

R.A. Kartini tuwin sawangan kitha Japara warni-warni.

Buku ingkang kaaturakên dhatêng Radèn Ayu Sumatri Sasraadikusuma punika kadamêl adèn, anggèning ngaturakên panjênênganipun Dr. Hidding kanthi wêdhar sabda cêkakan, saha tinampi ing panjênênganipun Radèn Ayu Sasraadikusuma.

Para kadang warga suwargi R.A. Kartini nalika nguningani buku adi wau katingal sami rêna ing panggalih, ing sêmu katingal, bilih tindak makatên punika badhe ngindhakakên sumêbaring pangajêng-ajêngipun ingkang suwargi tumrap kamajênganing nagari.

Pêpanggihan ing kala punika katingal sarwa rêsêp-rinêsêpan, wusana sasampuning dumugi anggèning lêlênggahan, lajêrlajêng. bibaran, wilujêng.

Kangjêng Radèn Ayu Adipati Tasikwulan.

Kala dintên Salasa Kliwon tanggal kaping 4 Sapar Jimawal 1869 utawi kaping 5 April 1938, Kangjêng Radèn Ayu Adipati Tasikwulan, pangagênging parentah kaputrèn ing salêbêting kadhaton Surakarta, kalêrês tumbuk yuswa 64 taun. Ing dintên wau ing kadhaton kawontênakên lêlênggahan sawatawis.

[Grafik]

Kados para maos ing sajawinipun Surakarta dèrèng patos dhamang dhatêng kawontênaning pangkat wau. Mila ing ngriki prêlu kaandharakên sawatawis mêndhêt saprêlunipun kemawon.

Ing salêbêting kadhaton punika wontên paprentahan ingkang katindakakên maligi ing para èstri, pangagêngipun apangkat adipati, adipati punika pangkat sanginggiling bupati, sanès sêsêbutaning bupati. Adipati wau anggadhahi karerehan sanès-sanèsipun, tumraping damêl, ugi wontên mantrinipun pulisi punapa. Cêkakipun caking damêl sami kemawon kalihan paprentahan. Namung samantên.

Ing salajêngipun, ing abipraya (susipun para abdidalêm tuwin sanès-sanèsipun) ugi dipun wontênakên pahargyan ada-adanipun darah rah Tus Pajang (Yasadipura I) panjênênganipun ingkang pinahargya punika darah Tus Pajang. Mahargya tumbukan wau mawi arak-arakanipun abdidalêm prajurit, ngarak gambaripun ingkang pinahargya, bidhal saking wirengan dhatêng abipraya.

--- 67 ---

Ing dalu dhawahing pahargyan wontên utusan dalêm bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, rawuh ing abipraya, ngiras jumênêng wêwakilipun ingkang pinahargya. Ing ngriku kawontênakên wêdhar sabda ingkang suraos mêmuji dhatêng kasugênganipun Kangjêng Radèn Ayu Adipati Tasikwulan. Wilujêng dumugi bibaran.

Botên langkung Kajawèn ugi andhèrèk mêmuji dhatêng kasugênganipun ingkang pinahargya, sampun kirang satunggal punapa.

Bab Olah-olah.

Thiwul Pisang Kluthuk.

Kados para nupiksa botên kêkilapan punapa ingkang dipun wastani thiwul, mênggah têtêdhan thiwul wau ingkang limrah lan kaprah ingkang dipun damêl gaplèk pohung. Ananging ugi wontên malih thiwul ingkang dipun damêl punika pisang kluthuk, wondene mênggah pandamêl sarta pangolahipun kados ing ngandhap punika:

Amundhuta pisang kluthuk ingkang sawêg suluh, lajêng dipun oncèki ingkang rêsik, sampun pisan-pisan kakumbah. Sasampunipun rampung anggèning ngoncèki, lajêng kasigar-sigara, sabên pisang satunggal ulêr kadadosna tigang iris (tigang blebekan) yèn sampun rampung anggèning nyigari sadaya, tumuntên kapepea mawi lambaran utawi kepang (kados sacaraning mepe gaplèk), yèn pamepenipun sampun garing saèstu, punika sawêg kenging kadhêplok, namung sadèrèngipun kadhêplok kêdah dipun icali tlutuhipun rumiyin ingkang sampun sami garing tumèmpèl ing irisan pisang wau, caraning ngicali tlutuh kêdah kakêrok ngangge lading, supados enggal rêsik. Yèn sampun rampung sadaya pangêrokipun, punika sawêg kenging kadhêplok. Wondene pandhêplokipun kêdah ingkang alon-alon, ingkang supados

kalênthêng (isining pisang) wau botên ajur, lan sagêda pisah lan gaplèkipun, sarampunging dhêplok lajêng dipun tapèni, mila dipun tapèni, supados

[Grafik]

Pisang kluthuk dalah jantungipun.

kalênthêng wau gampil pambucalipun, tur sagêpsagêd. rêsik saèstu. Sarampunging napèni, sawêg kenging kaêdang. Inggih punika botên beda ngêdang kados sacaraning ngolah thiwul gaplèk pohung.

Mênggah raosipun thiwul pisang kluthuk wau botên [bo...]

--- 68 ---

[...tên] purun kawon ecanipun kalihan thiwul gaplèk pohung, kajawi anggadhahi raos gurih, inggih wontên lêginipun, sanajan tanpa gêndhis, tur ngagengangge. tuntung sêdhêp, kados yèn kangge nyêgah pawong mitra utami tamu, ingkang sawêg sami katêmbèn dhahar, dados botên badhe nguciwani, lajêng sagêd priksa yèn punika thiwul pisang kluthuk. Mathuking pandhaharipun wanci sontên bibar wungu sare, kathik kalêrês dintên Minggu, unjukanipun wedang tèh, nyamikanipun thiwul pisang kluthuk, sinambi maos sang dyah rara Kajawèn.

Kajawi kasêbut ing nginggil, gaplèk pisang kluthuk punika yèn kasimpên sagêd kiyat ngantos sataun, saugêr pamepenipun sagêd garing saèstu.

Pun S.W. Rêmbang

Sinjang Kakrasana.

Sinjang Kakrasana punika latar cêmêng bangsaning cêplok, wujudipun prasaja, nanging katingal ngrawitipun, wujudipun ngêngrêng. Malah pinanggihipun wontên ing sawangan, pantês dados pangagêmanipun para agêng ingkang sampun yuswa.

[Grafik]

Nama Kakrasana, punika sampun cêtha bilih pêndhêtan saking namaning ringgit, nanging lajêng kapirid saking wujud ingkang pundi, awit botên wontên ingkang mèmpêr wujuding ringgit Kakrasana.

Nanging mênggahing sajatosipun, sêratan punika pancèn wontên ingkang mêndhêt saking raosipun, sairib kados kajêng raosing gêndhing. Wontên ingkang raos grêgêt, berag, mêmêlas. Makatên ugi mênggahing sinjang, wontên ingkang wujudipun ngrêsêpakên, wontên ingkang cakrak, wontên ingkang ngurang-ajari tuwin sanès-sanèsipun. Dene tumrapipun sinjang Kakrasana, punika wandanipun cakrak, nanging prasaja.

Sinjang Kakrasana punika golonganing sêratan ingkang ngrawit, kathah lêluwêsanipun ingkang anjalari pantês, soganipun nyarambahi ing sêratan, cêmênging lataripun pinanggih sumêblak. Mila tumrap sinjang kados makatên punika kêdah dipun ugiudi. yêktos murih cêmênging wêdêlanipun.

Namung sarèhning raos dhatêng sinjang punika cocogan, namung kasumanggakakên.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [525] ---

Ôngka 35, Stu Kli, 29 Sapar, Jimawal 1869, 30 April 1938, Taun XIII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt - Sri Paduka Prinses Juliana - Pajagèn Bêbaya ing Gagana - Kasusilan - Ngemba Rekadayanipun Dr. Pasteur - Sêsorah Bab Bêksa Jawi - Andhap-asor Unggul Wêkasane - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman bocah.

Pangungsêt

Ambêg luhur

Ingkang dipun wastani ambêg luhur punika, luhuring bêbudèn, gêgambaranipun kapêtha ing dongengan makatên:

Ing jaman kina wontên darah luhur ingkang kagungan ambêg dakmênang, pinanggihipun kala jaman samantên, katingal sangêt bedaning darah luhur kalihan tiyang alit, ngantos kenging dipun wastani botên nate sêsrawungan, kajawi manawi saking kaparêngipun nginggil. Kawontênan ingkang kados makatên wau kala ing jamanipun samantên nama sampun limrah.

Dangu-dangu darah luhur wau lajêng kêtuwuhan panggalih, bilih tindakipun wau botên sae, tuwin angyêktosi, bilih saking dayaning ewahipun jaman, têtiyangipun alit ugi tumut angênggèni. Dados ewahing jaman wau ingkang pindha papan pawiyatanipun. Ing ngiku lajêng katingal bilih ewahing wêwatêkanipun darah luhur wau atêgês wiwitancikwiwit ngancik. dhatêng bêbudèn luhur.

Makatên ugi pun alit, ugi lajêng kêdunungan ewah wêwatêkanipun, pun jaman ingkang nênuntun dhatêng kuwanèn, saha lajêng sagêd mapanakên dhatêng ingkang dipun wastani lêrês lêpat. Punika inggih dados tôndhayêkti indhaking luhuripun bêbudèn.

Ing satunggiling dintên, darah luhur wau nuju tindak ing pakampungan, priksa tiyang alit gadhah tindak ingkang botên damêl rênaning panggalihipun, tiyangipun lajêng dipun timbali, sarêng dhatêng dipun dukani, têmbungipun: tindakmu iku ora gawe rênaning atiku.

Tiyang alit ingkang sampun kêdayan saking ewahing jaman mangsuli: bêndara, panjênêngan punika pancènipun botên pantês angêmori tindak kula tiyang alit, awit sanès papanipun. Darah luhur ingkang kados panjênêngan, pantês anglênggahi kaluhuran.

Atur ingkang kados makatên punika adamêl luluhing panggalihipun darah luhur wau. Wêkasan sami wilujêng.

Ing ngriki katingal bilih dayaning bêbudèn luhur, sagêd adamêl kawilujêngan, awit lêrês punika sagêd dipun tindakakên ing sintên kemawon, inggih punika ingkang wujud kuwanènipun. Dene luhuring bêbudènipun darah luhur wau, katarik saking uninga ing lêrês. Inggih gathuking lêrês wau ingkang damêl kawilujêngan.

Kajênging gambar punika prêlu kangge miridakên dhatêng raosing kabatosan, pangudi lêrêsing tekat, botên wontên ingkang tilar luhuring bêbudèn. Dene cêthaning bêbudèn luhur, punika ingkang angèl dipun padosi.

Cêkruktruna

--- 526 ---

Sri Paduka PRINSES JULIANA

Ing tanggal kaping 30 April 1938 punika kalêrês dintên wiyosan dalêm Sri Paduka Prinses Juliana, têtêp yuswa 28 taun.

Dhawahipun dintên wiyosan dalêm wau ing nagari Walandi salaladanipun sami ngawontênakên pahargyan minôngka pèngêtan angluhurakên kados adat, kantor-kantor nagari, kantor-kantor dagang, pamulangan-pamulangan tuwin sanès-sanèsipun sami libur.

[Grafik]

Mênggah kawontênan dalêm Sri Paduka Prinses Juliana ing wêkdal punika tansah dados wiraosan, wiwit badhe palakrama sampun nuwuhakên pangajêng-ajêng kanthi pangajab sae tumraping sarira dalêm, ingkang narambahi dhatêng sadayanipun. Dhumawah ing dintên palakrama, ing ngriku wutah wujuding suka-parisuka ingkang tanpa upami, wiwit nagari Walandi ngantos dumugi laladanipun sadaya sami ngawontênakên pahargyan agêng-agêngan, ingkang tansah badhe botên dipun supèkakên.

Tabêting pahargyan palakrama wau tansah tumanêm wontên ing manah, wusana kêsundhul wontên pawartos bilih Sri Paduka Prinses Juliana ambobot, ing ngriku lajêng nuwuhakên pangajêng-ajêng malih, kanthi pamuji dumugining miyos pinanggiha sampun kirang satunggal punapa. Kalampahan putra wau miyos. Miyos putri kaparingan asma putri Beatrix. Ing ngriku inggih kawontênakên pahargyan ing pundi-pundi ingkang sairib kados nalika krama dalêm.

Ngantos sawatawis dintên raosing ngakathah tansah ngajêng-ajêng kados punapa suwarni dalêm putri Beatrix wau tuwin mêmuji sri paduka ingkang mêntas ambabar tumuntêna rêncang. Mila sarêng wiwit wontên gambar dalêm putri Beatrix, araos damêl pamarêmipun ingkang sami ngajêng-ajêng.

Miyosipun putri Beatrix punika sakalangkung damêl gambiraning kawula praja Walandi, dene manggih darah oranyê ingkang sampun dangu dados pangajêng-ajêng, mila ing sapunika lajêng katingal sêmuning praja sarwa padhang dening sampun kasêmbadan ing pangajapanipun.

Ing sapunika kasugêngan dalêm sampun pulih, sinundhul walaganging putra, mila dhumawah ing tanggal 30 April punika, wiyosan dalêm wau dados gêgambaraning wutahipun sawarnining suka.

Mugi lulusa sampun kirang satunggal punapa. Amin.

--- [527] ---

[Grafik]

--- 528 ---

Pajagèn Bêbaya Ing Gagana

Sambêtipun Kajawèn nomêr 33

Gas-gas golongan kaping 4

Gas-gas ingkang adamêl malênthung, wusana ngruwêk ing kulit daging (Blaartrekkende gassen): Mosterdgas, Lewisiet lan Broomlost.

Kalimrahanipun gas-gas golongan punika pangrêmbagipun dipun rumiyinakên. Dene kula pacak wontên pungkasan, botên kasababakên saking kirang prêlunipun, ananging kosokwangsulipun supados dipun wigatosakên. (Ugi wontên bukunipun panjênênganinpanjênênganing. Tuwan S. Schilderman, directeur Militaire Gasschool ing nagari Walandi: Chemische oorlog, golongan mosterdgas kapacak wontên wingking.

A. Mosterdgas

Mosterdgas punika sanès warni gas kados racun ingkang katêrangakên ing ngajêng, nanging wujudipun kados tètès kênthêl, gandanipun mèmpêr mosterd. Mosterdgas wau panganggenipun dipun sêmprotakên utawi dipun lêbêtakên ing bom, saking panjêblugipun bom mosterdgas ingkang awarni toya wau ngantos sumêbaripun kados pêdhut utawi gas.

Tiyang ingkang kenging mosterdgas wiwitanipun ngantos sawatawis jam, botên kraos sakit punapa-punapa. Mosterdgas awarni toya lan pêdhut, damêlipun sakit langkung rikat katimbang ingkang awarni gas. Raos lan kawontênan tumanjaning mosterd:

1. Manawi ngantos kasêrot lumêbêt irung utawi cangkêm: jêlèh, mutah, watuk, sêrak, sakit ing dhadha, awit margi napas dados sakit abuh.

[Iklan]

Manawi têtêdhan lan toya kenging mosterdgas, môngka ngantos katêdha utawi kaombe, angrisakakên wadhuk lan ususipun tiyang lan kewan.

2. Ing mripat: pêdhês lan bêntèr, raos kados wontên wêdhinipun, mripat abrit lan abuh, makatên ugi tlapukanipun.

3. Ing kulit: kulit ingkang kenging, sasampunipun sawatawis jam dados abrit, ingkang sangêt ing panggenan têkukaning ros-rosan, pupu ing nglêbêt, lakangan lan manginggil. Sawatawis jam malih ing têngah-têngahanipun kulit ingkang warni abrit lajêng dados undêran pêthak, punika panggenanipun kulit ingkang pêjah (bosok). Sawatawis dintên malih plênthungan wau pêcah, lan bagean ingkang pêcah

--- 529 ---

[Iklan]

nyoplok. Nyoploking kulit lan daging ingkang pêjah mujudakên tatu ingkang ngluwang, lan angèl mantunipun. Punika anggampilakên lumêbêting baktèri ing tatu, wusana andadosakên infectie (abuh). Mantunipun tatu punika minggon, malah ngantos wulanan, lan manawi mantun bêlangipun botên sagêd ical.

Manawi ingkang ngèngingi: hawa mosterdgas, utawi mosterdgas wau enggal dipun tawar, dening jampi panawar, trêkadhang mosterdgas wau namung nuwuhakên abrit wontên ing kulit, ingkang lajêng sami dados ambêsisik, wusana angglodhogi. Panggenan ingkang kenging wau raosipun gatêl ingkang ngantos lami botên ical.

Anggènipun angajrih-ajrihi mosterdgas punika sagêd anêmbusakên sandhangan, kulit sêpatu lan malih ugi karèt ingkang kandêl, botên mawi suda dayanipun, lan barang-barang ingkang kenging wau botên risak. Mosterdgas punika tahan hawa lan toya, siti ingkang dipun siram mawi mosterdgas manawi botên dipun rêsiki (dipun tawarakên) sagêd wulanan taksih damêl tiwas tiyang lan kewan.

Kêkiyatanipun mosterdgas ingkang makatên wau dipun gunakakên dening bôngsa Jêrman kangge nyêgah ajêngipun prajurit Inggris wêkdal pêrang agêng, nalika bôngsa Jêrman kadhêsêk mundur. Inggih punika ing dalu tanggal 12-13 Juli 1917 ing laladan tanah Yperen (Bèlgi). Pramila bôngsa Prancis mastani gas wau: Yperiet.

R. Pringgadiharja, Leider gas sectie G.G.D, Bat.

--- 530 ---

Wulang Sae

Kasusilan

Dening Radèn Tumênggung Arja Prakosa, ing Surakarta

Nuwun, ingkang badhe kula aturakên wontên ngarsa panjênêngan sadaya, punika prakawis kasusilan. Prakawis kasusilan punika kawruh luhur ingkang wajib dinarbe dening para wanita tuwin kakung, namung wontên bedanipun sawatawis ing ngatasing têtêmbungan, manawi andharaning kawruh wau kamirêngakên para wanita, punika pangroncening têmbung-têmbung, beda kalihan manawi kamirêngakên dening para kakung, sabab wontên saperangan bedanibedaning. kuwajibanipun wanita kalihan kakung. Pandhapuking ukara ingkang kula cawisakên punika, prêlu kamirêngakên dening para wanita. Dene para kakung inggih prayogi nguningani, amargi prakawis punika gêgandhengan. Sasampunipun punika, kula ugi badhe ngaturakên kuwajibanipun para kakung, nanging namung ingkang prêlu-prêlu kemawon, murih para wanita ugi mangrêtos.

Nuwun, ing jaman samangke para neneman kakung putri, ingkang sami angsal pangajaran sakolahan, kabêkta saking dêrênging manah, anggèning lêlumban wontên ing ombaking jaman kamajêngan kawruh lair (wetenschap) punika kathah ingkang kirang kobêr anggèning migatosakên dhatêng kasusilan. Inggih awit saking kula nyumêrêpi kawontênan wau, kula manah prêlu sangêt ing pundi-pundi panggenan, gêgrombolanipun para wanita tuwin kakung, asring dipun wontênakên sêsorah ngrêmbag prakawis kasusilan, murih kamajênganipun wanita tuwin kakung ngangge dhêdhasar kasusilan. Ebahing para wanita Jawi anggèning lumampah ing margining kamajêngan, punika pantês sinudarsana, amargi sagêda satimbang utawi sajajar kalihan kamajênganipun para kakung.

Para wanita punika sampun kinodratakên dados ibunipun para titah gêsang, sanajan maujud warni sato kewan, buron wana, pitik iwèn, kutu-kutu walangataga, sadaya ingkang maujud pawèstri, punika inggih dados biyungipun para titah gêsang, manut bôngsa sarta jinisipun piyambak-piyambak. Manawi kula manah panjang, kawontênanipun sadaya titah gêsang gandhèngipun kalihan Pangeran ingkang murbèng ngalam, inggih namung wanita tuwin pawèstri ingkang dados juru ambabaran gumêlaripun para titah gêsang. Inggih namung wanita ingkang dados lantaran gumêlaripun dumadining gêsang, inggih namung wanita ingkang dados juru panggulawênthah sutanipun, inggih namung wanita ingkang sakawitipun dados juru nuntun kamajêngan, inggih namung wanita ingkang dados tuking katrêsnan, inggih namung wanita ingkang dados juru panglipuring prihatin. Tiyang ingkang pinuju napsu, punika sagêd enggal lilih dening pangungrum utawi panglingga murdanipun wanita.

Kosokwangsulipun tiyang ingkang jirih, punika sagêd dados kêndêl dening pambombongipun wanita. Manawi kula ngèngêti gumêlaripun ngalam donya punika, têtela bilih namung wanita ingkang kinodrat dados biyungipun kamajêngan sarta karahayon, ingkang gumêlaring kawontênan beda-beda, pramila inggih [ing...]

--- 531 ---

[...gih] namung wanita ingkang sayogi dados biyungipun pangajêng-ajêng, tuwin linuhurakên wontên ngalam donya.

Manawi nitipriksa satunggal-satunggalipun brayat, bilih wanita ingkang mêngku bale griya wau, nglênggahi kasusilan, brayat wau katingal sangêt katêntrêmanipun. Prêngutipun ingkang jalêr, punika badhe enggal sirna santun polatan padhang dening kamayanipun wanita ingkang susila, makatên ugi para rencang utawi sanak-sadhèrèk ingkang nunggil sagriya, sadaya botên wontên ingkang anggrêsula utawi pangadhuh, jalaran kenging daya pangaribawa wiramanipun wanita ingkang susila wau, namung katêntrêman ingkang sami dipun alami, sanajan kawontênaning brayat wau miskin utawi sugih, punapa agêng alitipun darajat, punika sami kemawon. Kalêmpakaning barayat, punika dipun wastani dhusun utawi kampung, dene kalêmpakaning dhusun, punika kawastanan praja, bilih isining praja wau, wanitanipun kathah ingkang susila, saèstu têtiyangipun badhe ngalami katêntrêman. Ing donya sagêdipun têntrêm, punika saperangan agêng gumantung saking pakartining susilanipun wanita, amargi inggih namung wanita ingkang kinodratakên masesani panggulawênthah sutanipun, wiwit wontên wêtêngan ngantos dumugining diwasa, dadosipun watak awon utawi sae, asor luhuring bêbudèn, punika tukipun sakawit, gumantung saking panggulawênthahipun ibu. Manawi kula ngèngêti kawontênan ing donya wêkdal samangke, ing pundi-pundi nagari gêntos-gêntos wontên pêpêrangan, punika bilih kula talusur mawi kanalaran, dumugi sapantogipun, têtela saperangan saking kalêpatanipun wanita, kirang nêtêpi garis-garis anggêr-anggêring kasusilan, para wanita kathah ingkang nglirwakakên dhatêng kuwajibanipun anggèning dados biyungipun panggulawênthah, mila kababaripun lêlampahan ing donya tanpa rêtu. Samangke kula ngaturakên katrangan, mênggah ingkang dados baku agêng kuwajibanipun wanita, punika: ngrukti kaskayanipun kakung, tuwin ngrukti prêluning bale griya. Mênggah têgêsipun pangrukti punika: ngopèni murih dadosipun sae utawi prayogi, kêdah kanthi: gêmi, satiti, ngati-ati. Dangu-dangu pakarti ingkang kados makatên punika, dados watak padatan, mila wanita punika sinêbut: juru panggulawênthah, dene perangan alit-alit, kuwajibanipun wanita punika botên prêlu kula têrangakên, amargi para wanita saèstu sampun langkung mangrêtos.

Badhe kasambêtan.

.[Iklan]

--- 532 ---

Bab Kasarasan

Ngemba rekadayanipun Dr. L. Pasteur

Sambêtipun Kajawèn nomêr 31-32

Kados ta wontên tiyang sakit mrongkol ing wêtêng utawi ing dhadha, dipun kintên sakit kanker utawi sanèsipun, dhoktêr potong (operateur) dipun dhatêngakên kapurih motongi calakên ingkang mrongkol wau, nanging sarêng dhoktêr ahli (speciaal) mriksa lan anjampèni sêsakit lêbêt (internist) gadhah pamanggih êrahipun ingkang sakit kapriksakakên ing Laboratorium rumiyin sarana W.R. wasana pinanggih positief. Sarêng ingkang sakit dipun jampèni ingkang tumuju dhatêng syphilis, ingkang mrongkol wau saking sakêdhik sagêd suda lajêng ical saras, botên kêdah dipun potong.

Mila asring kemawon dhoktêr mriksa ingkang sakit botên sagêd nêtêpakên sêsakitipun, sarêng êrahipun kapriksakakên pinanggih W.R. positief, sawêg sumêrêp sêsakitipun pancèn syphilis.

Kosokwangsulipun, upami dhoktêr mriksa ingkang sakit gadhah panggrayangan yèn ingkang sakit wau dipun wastani kataman syphilis, nanging sarêng kapriksa W.R. pinanggih negatief, dhoktêr lajêng mangrêtos yèn sêsakitipun sanès syphilis, kêdah ngupadosi sabab-sabab sanèsipun ingkang nukulakên sêsakitipun punika.

Langkung-langkung tumrap tiyang ingkang kêpengin sumêrêp punapa sêsakitipun saras saèstu punapa dèrèng, punika yèn êrahipun sampun kapriksa W.R. negatief inggih sampun saras. Kosokwangsulipun yèn W.R. positief inggih dèrèng saras, ingkang sakit kêdah jêjampi malih.

Bôngsa Eropah utawi Tionghwa ingkang mangrêtos (ontwikkel), nandhang sakit lan nêdha kula jampèni utawi sampun dipun upakara dening dhoktêr sanès lajêng pindhah, amargi wontên sababipun ngantos kêpêksa kèndêl anggènipun jêjampi punika, inggih punika rahipun kêdah kapriksakakên ing Laboratorium rumiyin. Yèn W.R. pinanggih positief, ingkang sakit sanalika kula jampèni rambah-rambah, yèn pangintên kula ingkang sakit sampun saras, êrahipun inggih kêdah kula priksakakên malih ing Laboratorium, dene yèn W.R. negatief inggih sampun kèndêl anggènipun jêjampi.

Kadhang-kadhang kula inggih dipun têdhani verklaring dening bôngsa Tionghwa ingkang badhe semah, ing bab kasarasan utawi kakiyataning badanipun, awit kasarasan lan kakiyatan punika pancèn kalêbêt prêlu tumrap têtiyang ingkang badhe semah. Mila bab punika sasampuning êrahipun kula pêndhêt kula kintunakên dhatêng Laboratorium, ing sawatawis dintên kula tampi kabar yèn bab êrah wau kapriksa W.R. negatief, kula inggih sagah damêl verklaring, nanging upami W.R. positief, ingkang sakit wau kêdah jêjampi rumiyin ngantos saras.

Kalampahan ing taun kêpêngkêr 1936 wontên bôngsa Tionghwa neneman pinanggih kula nêdha verklaring [ver...]

--- 533 ---

[...klaring] kangge kasarasaning badanipun, awit nêm wulan malih badhe semah. Kula pitakèni punapa rumaos gadhah sêsakit wados, wangsulanipun: inggih, rumiyin ing taun 1934 dipun jampèni dhoktêr anu sampun saras.

[Iklan]

Rèhning badhe marasêpuhipun mirêng mantunipun nêdha verklaring dhatêng kula, lajêng tumut cawe-cawe badhe mantunipun kêdah jêjampi rumiyin dhatêng kula saprêlunipun, yèn pancèn sampun saras êrahipun dipun priksakakên ing Laboratorium. Rêmbaging badhe besan inggih bapakipun ingkang nêdha verklaring wau mrayogèkakên sapunika kemawon êrahipun dipun priksakakên ing Laboratorium. Sarêng sampun sarêmbag, êrahipun bôngsa Toyonghwa ingkang badhe semah wau kula pêndhêt, kula kintunakên dhatêng Laboratorium. Ing salêbêtipun sakawan dintên kula tampi kabar saking Laboratorium yèn W.R. ragi positief, dados taksih sakit sawatawis, lajêng kula upakara sarana anjampèni, ing salêbêtipun sawulan sampun saras, awit êrahipun kula priksakakên malih pinanggih negatief, lah punika nêmbe kula damêlakên verklaring nêrangakên, bilih bôngsa Tiyonghwa wau badanipun saras lan botên gadhah sêsakit ingkang nular.

Sajatosipun dhoktêr anggarap utawi anjampèni têtiyang sakit punika, ingkang prêlu kêdah sagêd nêtêpakên sêsakitipun (diagnose stellen) môngka ingkang makatên punika pancèn botên gampil, satunggal-satunggalipun dhoktêr botên sami.

Badhe kasambêtan

R. Sumadirja, Ind. Arts. Sêmarang.

--- [534] ---

Kagunan Jawi

Sêsorah bab bêksa Jawi

Nalika malêm Salasa tanggal kaping 25 April ingkang kapêngkêr punika, Nyonyah C. Holt damêl sêsorah bab bêksa Jawi wontên ing pakêmpalan Deutsche Gesellshaft fur Natur-und Volkerkunde Ost Asiens (pakêmpalanipun bôngsa Dhit ingkang ngudi kawruh bab bôngsa Asiah Wetan). Manggèn wontên ing rèstoran Mesongpêrsêtih ing Bêtawi. Ingkang mirêngakên sêsorahipun kathah sangêt, ngantos kêkirangan kursi, botên namung golongan bôngsa Eropah kemawon, bôngsa Sundha tuwin priyantun Jawi ugi wontên sangatawis. Sêsorahipun mawi basa Dhit, dangunipun kirang langkung ½ jam, nuntên kasambêtan têtingalan gambar sorot, minôngka katêrangan kamajênganipun bêksa Jawi, wiwit jaman kina kados ingkang kagambar wontên ing candhi Barabudhur tuwin Prambanan, ngantos dumugi bêksa ing jaman samangke.

Sabibaripun sêsorah, Nyonyah Holt ambêksa piyambak minôngka conto. Bêksanipun Golèk Ngayogyakarta, mawi dipun tandhing-tandhing kalihan jogèd Eropah, Sêpanyol tuwin Jêpan. Satêlasing dhêmonsêtrasi, kasambêtan pêthilan Gatutkaca gandrung, ingkang ambêksa R.M. Susena, putra kapenakan dalêm K.G.P.A.A. Mangkunagara, ing Surakarta.

Sêsorahipun Nyonyah Holt wau kajawi katêrangan kamajênganipun bêksa Jawi, ugi mêngku suraos ajak-ajak nyinau jogèdipun bôngsa Asiah Wetan, nyathêti sêkaranipun tuwin dhapukaning jogèd. Dumugi sapriki para sagêd dèrèng wontên ingkang ada-ada nyathêti kados makatên. Ing môngka nyumêrêpi caranipun anjogèd satunggal-tunggaling bôngsa punika prêlu sangêt. Caranipun Walandi lumampah, manthuk, nyolahakên tangan, punika beda kalihan tiyang Jawi. Bedanipun wau kabêkta saking bedaning wêwatakan tuwin lageyaning bôngsa. Nyumêrêpi bêksa Jawi ingkang saèstu atêgês anylulupi watak lageyaning bôngsa Jawi.

Nyonyah Holt punika muridipun G.P.H. Teja Kusuma, êmpu jogèd ing Ngayogyakarta. Bêksanipun mèdêm, ingatasipun bôngsa sanès, sampun kenging kawastanan monjo. Sarèhning sêsêrêpanipun inggil, dhatêng jogèd sanès-sanèsipun nyrambahi, mila katêranganipun cêtha, pandumukipun dhatêng dhasar-dhasaring jogèd pratitis.

Sêsorahipun Nyonyah Holt wau botên namung mikantuki tumrap bôngsa sanès kemawon, nanging tumrap bôngsa Jawi ugi wontên paedahipun, sagêd anjêmbarakên wawasan tuwin anjalari saya lêbêting sêsêrêpan dhatêng kagunanipun piyambak. Guru jogèd Jawi, utawi tiyang ingkang sagêd anjogèd kathah, nanging ingkang sagêd nêrangakên pathokanipun, wataking dhasaripun jogèd, punika awis-awis.

Bêksanipun Gatutkaca gandrung patut ingalêmbana. Kuciwa papanipun kirang kobèt.

S. Sasra Suwignya.

--- 535 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Andhap-asor luhur wêkasane

I.

Petruk : Wèh, kabênêran, Kang Garèng, dene kowe têka mrene. Ayo, ah, linggih-linggih omong kosong.

Garèng : I - ya, dadi kêng slira wis amarêngake aku mapan linggih, iya matur nuwun.

Petruk : E, tobat, tobat, lakune Kang Gareng kathik nganggo nyêpèprèk-nyêpèprèk, lungguhe anggêdhêpês, sirahe ambanthuk tumungkul kaya angêdhêpake: ndara bèi kae. Ora, Kang Garèng, kadingarèn kathik salin salaga, apa mêmpêng anggone lagi sinau... anjogèd Golèk.

Garèng : Nèk ngarani kuwi le ora mèmpêr mêngkono, rumasamu kuwi aku apa ... pupuran, kathik diarani sinau anjogèd Golèk. Wong kowe ora ngrêti nyang adat tatacara Jawa, mulane iya ora nyandhak apa sing dadi lageyanaku saiki kiyi. Wêruha, Truk, anggonku lumaku tak gawe nyrêpèpèh-nyrêpèpèh, sarta sirah tansah tumungkul, iki aku lagi ngulinakake nyang tindak, andhap-asor, awit miturut pangandikane para sêpuh: andhap-asor iku unggul wêkasane.

Petruk : Dadi mêngkono, Kang Garèng, wèh, iya pancèn utama bangêt, yèn kowe pancèn bisa nindakake andhap-asor kang sêjati kuwi. Nanging sanyatane andhap-asor kang sêjati kuwi angèl bangêt, Kang Garèng. Saya sing kok tindakake, mlaku mêndhêg-mêndhêg, sirah tumungkul, yèn ditakoni jêmpole nyirak-nyiruk mangiwa manêngên, lan sapadhane, tumrape pasrawungan pancèn iya bêcik, sabab anduduhake wong kang ngrêti nyang tatakrama. Nanging uwong kang ngrêti nyang tatakrama, kuwi durung kinaruwan manawa uwong kang andhap-asor.

Garèng : We, hla, bundhêl pikiranaku. Nèk rumasaku, wong kuwi anggêr gêlêm asor, kaya ta upamane: kêtêmu ana ing dalan, ditakoni: badhe tindak pundi, banjur bukak topi, tumungkul-tumungkule dêrês, karo mangsuli: he - he - hek, badhe ngalèr ngriku, lo iya wong sing tindak-tanduke kaya ngono kuwi sing kêna diarani: wong andhap-asor, ana kok miturut kandhamu sing kaya ngono kuwi: wong kang ngrêti nyang tatakrama, durung karuwan wong kang andhap-asor.

Petruk : Wong tatakrama, durung karuwan yèn andhap-asor, awit anggone nêtêpi tatakramane mau, bisa uga jalaran têlung prakara, [praka...]

--- 536 ---

[...ra,] 1e jalaran saka dhirine, 2e jalaran saka brangasane, lan 3e jalaran saka lumuh pasulayan.

Garèng : Wèh, hla saya bundhêt atiku, Truk, ana nêtêpi tatakramane, kok diunèkake bisa uga saka dhirine. Ing môngka wong kuwi nèk wis kadhasaran dhiri, apa ora langganan andhangak-dhangak andêlêngake langit ajêgan.

[Grafik]

Petruk : Kuwi rak mung tiba ing pênganggêping uwong kang sêngit, banjur angothak-athik panyeda warna-warna, nanging jane mono rak iya padha bae, ta Kang Garèng. Tak unèkake: wong nêtêpi tatakramane jalaran saka dhirine, awit pikirane tansah duwe kuwatir nèk dikurangajari, mulane banjur tansah ngênggoni tatakramane.

Garèng : Ngrêti aku saikine, Truk, wong aku iya mêntas ngalami dhewe. Tangkêpe nyang aku pancèn iya ngajèni, cêkake pancèn iya ngasorake salirane têmênan. Nanging ing kono mêksa kêtara ana kênduk-kênduke anduwèni pangarêp-arêp: kowe kudu ngajèni nyang aku, mas. Yaiku nalikane têtêpungan karo aku, sarana mêndhêg-mêndhêg ngandika mangkene: kawula ngaturi nêpangakên: kawula... asistèn wadana kitha. Basa lan patrape kang sarana mêndhêg-mêndhêg barang mau, pancèn iya katon asor têmênan, nanging nyêbut pangkate mau, ing kono rak kaya dene nuduhake: ana ing ondêr dhistrik kene aku sing kuwasa, sèh, dadi kowe kudu...

Petruk : Wah, Kang Garèng, ambok aja kêjêron panampane mêngkono. Nèk ana priyayi têtêpungan ora nyêbutake asmane nanging pangkate, kuwi aja kok dakwa yèn arêp nuduhake pangkate, ora babarpisan, Kang Garèng, nanging umume sabab saka pakulinane sabên dina, anggêr uwong nyêbut pangkate. Kaya ta tuwan residhèn pandangune iya mangkene upamane: asistèn, apah dhisini pajêgnyah sudhah lunas. Dalasan sauwong-uwonge bae anggêre ditakoni mangkene upamane: mas, ingkang sawêg lumampah punika sintên, wangsulane iya: punika ampilipun bêndara sêten. Mara, kabèh-kabèh nyêbut pangkate, dadi yèn ing wusana nyang asmane sok bisa... kalalèn, rak iya ora kêna dipaido, ta, Kang Garèng.

--- 537 ---

Garèng : Ha iya, nanging nèk cara sing kaya ngono kuwi banjur ditiru sabên uwong, iya repot bangêt, kaya dene aku dhewe, yèn têtêpungan apa banjur kudu muni mangkene: kula aturi nêpangakên, kula... lirling asistèn mantri wèrkêlosê....

Petruk : Wayah, yèn wong nglakoni dadi wong angguran kuwi iya ora prêlu dikandhakake. Karo manèh sing pantês mung nyêbut pangkate kuwi rak yèn ana ing kono mung nyêwiji, kaya ta: asistèn wadana kutha, ing kono ora ana loro têlu, mantri guru H.I.S. yèn ing kono anane H.I.S. ora lusinan, lan sapiturute. Nanging nèk pangkat sing wis ngêmbrah, kaya ta juru tulis upamane, anggone pitêpungan muni: kula juru sêrat, uwong mêsthine iya banjur bingung, sabab ora ngrêti: apa juru tulis kantor rêsidhèn, juru tulis wêdana, juru tulis gadhe, apa juru tulis ... dhirèktur kêthoprak.

Garèng : Wayah, le ora mèmpêr, ana dhrèktur kêthoprak kathik ngingu juru tulis barang. Wis, saiki têrangna: wong nêtêpi tatakrama jalaran saka brangasane.

Petruk : Hla wong brangasan, kuwi watake ora kêna kêcêthit atine, mêsthi banjur mêtu nêpsune, nèk ora kabênêran bisa uga banjur nabok. Supaya aja nganti digawe sêrik, lan disêmbranani uwong mau, sabanjure tandang-tanduke, tangkêp lan basane nyang uwong, banjur tansah diati-ati, yakuwi sarana tindak tatakrama mau.

Garèng : Iya, wis. Saiki tatakrama sing jalaran saka lumuh pasulayan, iki apa ora apik bangêt, sabab iki tindake wong narima, mêsthi slamêt uripe, Truk.

Petruk : Haiya mêsthi bae yèn slamêt uripe, yèn wong lumuh pasulayan kuwi, awit wong kaya ngono kuwi mung langganan karo: inggih lan sandika, disêntak iya: inggih, didhupak inggih, diapusi: inggih, dikêlèti: inggih, malah bokmanawa disêmbêlèh, iya: inggih sêndika. Mêsthine wong sing kaya ngono kuwi iya dimêlasi mrena-mrene, nanging lumrahe banjur ngêbon: diidak-idak, Kang Garèng.

Garèng : Wèh, hla apa-apa têka kok pêndèli wani bae. Saikine mungguh pamawasmu, sing diunèkake wong andhap-asor, kang sabanjure unggul wêkasane, kuwi sing kêpriye.

Petruk : Mungguh panêmuku, Kang Garèng, wong kang andhap-asor kang wusanane bisa unggul wêkasane, yaiku: wong kang rumasa apês awake tumrape: Gusti.

Garèng : Lho, apês nyang Gusti, ambok sing kumplit, ta Truk, apa gusti kangjêng, apa Gusti Pangeran, apa gusti kêpriye.

Petruk : Gusti thok thil, Kang Garèng, tanpa atêr-atêr lan uga tanpa panambang. Nèk wong Arab anggone nyêbut: Allah, nèk wong Jawa iya cukup anyêbut Gusti, kang wajib aku kabèh: wêdi, bêkti, ngaji-aji lan sapiturute. Awit asmane bae: Gus, ti, têgêse: bagus, sêtiti, ngati-ati, kathik kawuwuhan gêmati.

--- 538 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

Kuburan J.P. Coen. Ing bab tindak ngudi dununging kuburanipun J.P. Coen, ing sapunika cêtha manggih titikipun ingkang saya maton. Stichting Oud-Batavia gadhah sêdya badhe damêl têtêngêr. Kuburan punika sampun dipun padosi wiwit taun 1935.

Lindhu ing Ambon. Ing Ambon mêntas wontên lindhu ing wanci dalu, ngantos adamêl kagèting têtiyang ingkang sami tilêm saha adamêl kèndêling jam ingkang lumampah. Dhatênging lindhu saking wetan.

Salêbêting verlof pados sêsêbutan Doctor. Mr. K.H. Yauw, satunggiling advocaat ingkang bikak kantoran nunggil kalihan Mr. Maramis ing Palembang, salêbêtipun verlof dhatêng nagari Walandi pados sêsêbutan Doctor, kêlampahan sampun lulus, kanthi proefschrift ''Lastgeving, machtiging en volmacht.''

[Grafik]

Para jurnalis anggêgana. Para jurnalis ing Bêtawi mêntas dipun ulêmi pangagênging Wadya Lautan tanah ngriki, nyobi panggêgananing motor mabur Marine Dornier X-I tuwin X-II. Kêlampahan para jurnalis wau sami ngraosakên anggêgana, wilujêng ngantos dumugi samandhapipun. Ingkang kacêtha ing gambar punika motor mabur Dornier X-I.

Papan paboyongan ing Borneo. Asistèn wêdana ing Tanah Merah, Madura, tampi dhawuh saking Parentah supados bidhal dhatêng papan paboyongan ing Borneo, pêrlu nata kawontênan ing papan paboyongan ingkang tumuntên badhe dipun ênggèni têtiyang saking Madura. Kintên-kintên tumuntên wontên têtiyang cacah 100 kulawarga ingkang badhe boyongan. Lampahipun têtiyang boyongan wau badhe numpak baita kemawon, jujugipun wontên Pêngaron Kidul.

Inggah-inggahan. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi-Wetan, R. Mohamad Imam, asistèn wêdana paresidhenan Bêsuki, dados wêdana ing Arosbaya, kabupatèn Bangkalan, paresidhenan Madura. R. Koekoeh Soemowidjojo, asistèn wêdana paresidhenan Bêsuki, dados wêdana Baratlaut, kabupatèn Sumênêp, paresidhenan Madura. Soeparwoto, asistèn wêdana ngrangkêp padamêlan adjunct-regentschapssecretaris ing Pamêkasan, paresidhenan Madura, dados asistèn wêdana ngragkêp regentschapssecretaris klas 2 ing Sumênêp, paresidhenan Madura. R. Mohamad Tahir ugi nama Prawirosantoeso, tijd. wd. asistèn wêdana paresidhenan Madura, dados tijd. wd. asistèn wêdana ngrangkêp padamêlan adjunct-regentschapssecretaris Pamêkasan, paresidhenan Madura. Kiai Mohamad Saleh, Aib. nindakakên padamêlan mantri pulisi paresidhenan Madura, dados asistèn wêdana paresidhenan Madura. Kiai Aboebakar Djajengkoesoemo, tijd. Aib. paresidhenan Madura, dados tijd. wd. Aib. nindakakên padamêlan mantri pulisi paresidhenan Madura.

Usul supados ambiyantu Perasaan Kita. Hoofdbestuur P.P.B. benjing congres ing tanggal 11 dumugi 17 Mèi ngajêng punika badhe usul supados Kas Centraal P.P.B. ambiyantu dhatêng ariwarti Perasaan Kita ing sabên wulan f 100.-. Ing bab punika ugi sampun dados rêmbag ing sadèrèngipun.

Comite andandosi masjid ing Kalioso. Ing Kalioso, Surakarta, wontên bêbadan comite badhe andandosi masjid ing ngriku, kintên-kintên waragadipun wontên f 35.000.-. Kacariyos masjid wau yasan dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Paku Buwana kaping IV, ing kinanipun dhusun wau nama Jagapatèn kaprênah salèr kitha Surakarta. Masjid wau sapriki sampun umur 152 taun.

Narajang awisan têtiyang èstri nyambutdamêl ing wanci dalu. Inspecteur Arbeidsinspectie, Tuwan Frohwein mêntas andêngangi têtiyang èstri cacah 20 ingkang sami nyambutdamêl wontên ing satunggiling pabrik ing Surabaya ngantos langkung têngah dalu. Bangsa Tiyonghwa ingkang gadhah pabrik wau lajêng kasêrêg.

C.B.Z. ing Surabaya. Kados ingkang sampun kawartosakên, adêging gêdhong C.B.Z. ing Surabaya saèstu wontên wiwitaning wulan Mèi ngajêng punika, wontên ing Karangmênjangan, kaprênah sacêlakipun Nias.

Nglelangkên kapal Jêpan. Kapal pamisayan ulam gadhahanipun bangsa Jêpan ingkang kacêpêng dening ingkang wajib jalaran misaya wontên ing papan ingkang dados awisan, kalampahan sampun kalelangakên. Tumrap kapal Jamato Maru pajêng f 660.-, dene kapal Toekei Maru pajêng f 610.-.

Ambêkta kewan-kewan dhatêng ngamanca. Sampun sawatawis dintên kapal Palembang ingkang bidhal saking tanah ngriki ambêkta kewan warni-warni, kabêkta dhatêng Port Said tuwin Rotterdam. Kewan-kewan wau badhe kangge isèn-isèn kêbon binatang ing Mêsir, Antwerpen tuwin Emmen. Ingkang warni pêksi wontên 5000. Ingkang bangsaning kewan awarni: sima, bangsaning salira, kidang, kêthèk tuwin sanès-sanèsipun. Jalaran saking kathahing momotan kewan punika, ngantos ngirangi têtiyang numpak. Kajawi kewan wau, ugi dipun wêwahi gajah tuwin sima wontên Colombo.

Niti wowohan saking tanah ngamanca. Ing wêkdal punika ingkang wajib miji punggawa Nagari kadhawuhan nitipriksa kanthi kêncêng sawarnining wowohan asli saking tanah ngamanca, pêrlu kangge anjagi sampun ngantos wontên sêsakit têtanêman asli saking tanah ngamanca ingkang katut ing wowohan wau tumular dhatêng tanah ngriki. Ingkang langkung dipun samarakên punika lalêr-lalêr asli saking lautan Têngah ingkang pinanggih wontên ing wowohan. Lalêr wau ingkang pinanggih mutawatosi piyambak tumraping wowohan. Lalêr wau sampun kanyatan sagêd ngrisak kabudidayan wowohan ing Florida. Mila panjagi tumrap ing tanah ngriki dipun kêncêngi sangêt, pêrlu mriksa wowohan ingkang asli saking Australie, Afrika Kidul, ugi tumrap wowohan ingkang dipun bêkta ing têtiyang numpak kapal.

Ama jêram ing bawah Malang. Tanêman jêram ing bawah Malang kathah ingkang kêtrajang ama jamur upas, jalaran saking ewahing hawa.

Ingkang Bupati Cianjur badhe verlof dhatêng Eropa. Ingkang Bupati Cianjur, R.A.A. Abas Soerianata Atmadja, kaparêngakên ing Parentah verlof dhatêng Eropah, gêgayutan kalihan kasarasan.

--- 539 ---

Badhe ngêdêgakên panggilingan pantun. Wontên wartos, Perhimpunan Untuk Memajukan Economie Rahayat (Pomêr) mêntas ngawontênakên parêpatan wontên ing Sêrang. Miturut rêmbag, pakêmpalan wau badhe ngêdêgakên panggilingan pantun apawitan f 50.000.-.

Warga pangrèhipun P.A.I. Miturut karampunganing congrès ingkang mêntas kawontênakên ing Sêmarang, anêtêpakên warga pangrèhing P.A.I. Eere-voorzitter A.R.A. Baswedan. Voorzitter A.B. Alatas. Vice-voorzitter Hoesain Alatas. Secretaris I A. Bajasut, Secretaris II Z.A. Bin Jahja. Penningmeester Abdulkadir Alsegaf. Commissaris Hamid Algadrie tuwin A. Asegaf. Congres ing taun 1939 badhe wontên ing Cirêbon.

Sêrat sêbaran saking Jêpan. Wontên wartos bilih ing Sumatra Pasisir Wetan ing wêkdal punika wontên sêrat sêbaran saking Jêpan ingkang kadamêl wontên ing Kobe. Ing sêrat sêbaran wau mratelakakên ing bab ancasipun Jêpan anggènipun nêdya nyambutdamêl sêsarêngan kalihan Tiongkok badhe nyirnakakên communist. Pangintuning sêrat sêbaran wau tumuju dhatêng para bangsa Tionghwa, kintên-kintên mêndhêt saking buku telefoon, amargi ingkang sami tampi sêrat wau têtiyang ingkang sami abonnement telefoon. Kajawi ing Sumatra, ing Ngayogya ugi wontên sêrat sêbaran kados makatên.

Congres Persatuan Islam. Persatuan Islam kêlampahan sampun ngawontênakên congrès wontên ing Bogor sêsarêngan kalihan Persatuan Islam Isteri, manggèn wontên ing gêdhong Harsodarsono, tamu ingkang dhatêng kirang langkung 600. Jam 9 enjing parêpatan wiwit kabikak, ingkang mêdharsabda Tuwan Sjafei tuwin sanès-sanèsipun. Ingkang karêmbag ing bab babagan kaislaman sapanunggilanipun. Jam 1 bibaran wilujêng.

Sêsambêtanipun anggêgana saking Bangkok dhatêng Hongkong. Ing bab lampah anggêgana saking Bangkok dhatêng Hongkong sampun katêtêpakên sabên ing dintên Jumuwah tuwin Rêbo jam 5.30 enjing. Motor mabur K.L.M. ingkang bidhal saking Bandhung ing dintên sabtu tuwin Salasa badhe sagêd sambêt wontên ing Bangkok.

Anggambar saking gêgana. Miturut katrangan saking pangagênging babagan gêgana militèr, ing Selebes badhe katindakakên anggambar saking gêgana, kaprênah ing Sunglon Boni ingkang badhe kangge papan paboyongan. Tindak makatên wau badhe wontên kalih panggenan, satunggal ing Nieuw Guinea, badhe kangge pambikakan siti, tuwin tumrap Selebes kangge pêrluning Irrigatie.

Pangangge enggal tumrap Bupati tuwin Patih. Miturut wartos, tumrap para Bupati tuwin Patih, kaparêngakên: kajawi mangangge sarwa cêmêng agêng, kados ingkang sampun, ugi kenging mangange miturut tatanan enggal. Pangangge enggal punika ingkang basanipun Walandi dipun wastani dinner jacket costuum.

Kantor Pensiunfonds pindhah dhatêng Bandhung. Wontên wartos bilih kantor Pensiunfonds ing Bêtawi badhe pindhah dhatêng Bandhung. Sanadyan pindhahipun wau dèrèng tamtu benjing punapa nanging para punggawanipun sampun wiwit tata-tata.

Pamulangan luhur Pangadilan. Lulus doctoraal examen perangan kapisan Tuwan Moentalip Soemarsono tuwin R. Abimanjoe.

Arta sèn enggal. Ing wêkdal punika Parentah sawêg nindakakên nglintoni arta sèn lami kalihan sèn enggal. Dumuginipun sapunika arta sèn lami ingkang sumêbar sampun wontên rêrêgèn f 900.000.-, katindakakên ing salêbêtipun sataun. Miturut pêpetangan, arta sèn ingkang lumampah wontên ing tanah ngriki wontên f 6.000.000.-. Ingkang rumiyin arta sèn ingkang mlampah wontên f 9.000.000.-. Tumindaking nglintoni arta sèn wau badhe ngantos 5 taun.

Pakêmpalan Kamanungsan ing Purwakêrta taksih gêsang. Dumuginipun sapunika Pakêmpalan Kamanungsan sampun botên wontên sabawanipun malih, nandhakakên bilih pakêmpalan wau sampun kèndêl. Namung tumrap ing Purwakêrta pakêmpalan wau taksih ngadêg, warganipun kirang langkung taksih wontên 30, sabên wulan kawontênakên pêpanggihan wontên ing salah satunggiling griyanipun warga.

Klèntu anggèning ngombe jampi. Tiyang nama Kemi ing Kampung Muka, Bêtawi, nêdya urus-usur ngombe kastroli, nanging ingkang dipun ombe kalintu lisah encok, wawrat 30 gram. Tiyang wau lajêng sakit kabêkta dhatêng C.B.Z.

[Iklan]

Ngêncêngi pamriksanipun pabrik mêrcon. Ing ngajêng tumrap sawarnining pabrik mêrcon pamriksanipun namung katindakakên sataun sapisan, nanging ing sapunika ing dalêm sataun badhe kapriksa kaping tiga. Tindak punika gêgayutan kalihan kêrêping wontên kasangsaran ing pabrik mêrcon.

Padvinder saking Prancis. Sampun sawatawis dintên punika wontên padvinder saking Prancis kêkalih mandhap ing Tanjung Priuk. Padvinder kêkalih wau nama Guillaume Boelle de Larigaudie tuwin Roger Drapier. Sadumuginipun ing Bêtawi lajêng manggèn wontên hotèl Cramer. Tiyang kêkalih wau bidhalipun saking Prancis numpak auto Ford mêdal Saigon. Dumugining Saigon dipun hurmati dening para padvinder abaris turut margi tuwin pakurmatan sanès-sanèsipun. Lampahipun ing margi ngambah papan ingkang sakeca tuwin pakèwêd. Saking Saigon lajêng dhatêng Bêtawi punika.

Pabrik wos ing Sumpyuh gadhahanipun O.L. Mij. Bumi Putra dipun jori. Adêging pabrik wos gadhahanipun O.L. Mij. Bumi Putra ing Sumpyuh sampun mèh tumindak. Ing sapunika wontên wartos bilih golonganing pabrik bangsa Tionghwa babagan pantun ugi lajêng ngêdêgakên pabrik wontên ing sacêlakipun ngriku, malah tumindaking panumbasipun pantun purun angêjori tinimbang manawi dipun tumbas ing golongan sanès.

Mitulungi golongan angguran. Wontên wartos golonganing sudagar têtiyang siti ing Purwakêrta tumindak ichtiyar badhe mitulungi para neneman wêdalan pamulangan patukangan ingkang dèrèng angsal padamêlan. Tumindaking pitulungan wau sarana badhe ngêdêgakên papan patukangan wontên sauruting margi saking Magêlang dhatêng Ngayogya, pêrlu kangge anyêyadhang padamêlan samangsa wontên auto, sêpedha, sêpedha motor ingkang pêrlu dipun dandosi.

NAGARI WALANDI

Gupêrnur Jendral Australie sampun dumugi nagari Walandi. Paduka Lord Gowrie, Gupêrnur Jendral Australie sampun dumugi ing nagari Walandi, nitih motor mabur Pelikaan. Sadumuginipun nagari Walandi dipun papag ing pangagêng K.L.M. tuwin pangagêng K.N.I.L.M. punapadene consul jendral Inggris. Lord Gowrie apratela dhatêng wêwakil pèrs ing bab karênanipun nalika wontên ing tanah Indhiya, saha rumaos gumun dhatêng tumindaking damêl ing tanah Indhiya. Panjênênganipun kagungan pangajêng-ajêng lulusing gêgayutanipun among dagang Australie kalihan tanah Indhiya kanthi majêng. Salajêngipun Lord Gowrie bidhal dhatêng London wontên ing tanggal 25 April. Dados wiwit saking Australie ngantos dumugining Inggris namung nitih motor mabur.

Layonipun Tuwan V.d. Walter kabêsmi. Kala tanggal kaping 23 wulan April punika, Tuwan V.d Walter, tilas jendral mayor wadya Indhiya, seda. Layonipun lajêng kabêsmi wontên ing tanggal 26 April.

--- 540 ---

Wêwaosan

IV. Lêlampahanipun: Budi Mirowic.

70

Sarêng Sang Putri Sabawa sampun kondur ing kadhaton, Budi Mirowic lajêng enggal-enggal dandos sarwa sae lan sarwa èdi. Dhasar bagus, taksih mudha, kawêwahan abôndha-bandhu, ingkang anjalari Budi Mirowic wau sagêd mangangge-angge sapurunipun. Amila sarêng sampun angrasuk pangangge ingkang sarwa èdi wau, saking bagusipun ngantos prasasat dewa angejawantah. Salajêngipun Budi Mirowic lajêng lumêbêt ing kadhaton prêlu badhe ngadhêp ing ngarsanipun Prabu Wladhimir. Sarêng dumugi ing ngarsa nata, Budi Mirowic nêlungakên badan minôngka pakurmatanipun, saha lajêng umatur makatên:

Dhuh, sang prabu pêpundhèn kawula, nata binathara ingkang angratoni saindênging praja Ruslan ngriki. Mugi kaparênga kawula munjuk ing ngarsa paduka. Nanging sadèrèngipun sang prabu mugi karsaa paring gunging pangaksama, dene kawula kumapurun ngunjukakên panuwunan ing ngarsa paduka.

Ing sêmu sang prabu rêna panggalihipun, lajêng aparing dhawuh pangandika makatên:

Budi Mirowic, aja sira anduwèni wêdi lan rikuh, tumuli matura ing ngarsaningsun apa kang sira sêdya.

Budi Mirowic: dhuh, sang prabu, wontên pawartos sumêbar ngantos dumugi ing sajawining praja Ruslan anyariyosakên, bilih putra paduka kapenakan, sang Dèwi Sabawa, punika sakalangkung endah ing warni. Dene anggèn kawula ngantos kalampahan dumugi ing ngriki punika botên sasès ngêmungakên badhe angyêktosakên lêrês lan botênipun pawartos wau. Kawula samangke sampun nyumêrêpi piyambak mênggah kawontênanipun sang putri wau, dene nyatanipun sulistyaning warni angungkuli kalihan pawartos ingkang sampun sumêbar wau. Samangke sang prabu kados sampun uninga piyambak mênggah sêdya kawula sowan ing ngarsa paduka punika. Ingkang makatên wau panuwun kawula ing ngarsa paduka, mugi kaparênga kawula amomong putra paduka kapenakan, inggih sang Dyah Sabawa punika.

Prabu Wladhimir lajêng animbali sang Dèwi Sabawa saha lajêng kataros punapa sang dèwi sagah kadhaupakên kalihan pun Budi Mirowic.

Mirêng dhawuh pangandikanipun Prabu Wladhimir ingkang makatên wau, ing sêmu sang dèwi sakalangkung lingsêm panggalihipun, nanging rèhning sampun kadhawahan trêsna dhatêng Budi Mirowic, ing wusana sang putri inggih lajêng namung matur sandika anglampahi punapa dhawuhipun sang nata.

Minôngka angurmati dhatêng dhaupipun sang Budi Mirowic kalihan sang Dyah Sabawa wau, ing kadhatonipun Prabu Wladhimir dipun wontênakên pahargyan laminipun pitung dintên pitung dalu. Para tamu sami anjênêngi pahargyan wau wontên ing bangsal agêng ing salêbêting kadhaton. Nanging botên ngêmungakên para pangeran, para mantri bupati, para têtungguling prajurit, tuwin para sudagar sugih-sugih kemawon, dalah para kawula sadaya sami kaparêng andhèrèk angramèkakên dhauping pangantèn. Ing parêdèn tuwin gumuk-gumuk sapinggiring lèpèn Jèpèr atusan para abdi karaton ingkang sami ambagi-bagi têtêdhan tuwin inuman supados angramrèkakênangramèkakên. wontêning pahargyan. Ramening kitha Kiyèp salêbêtipun pitung dintên punika tanpa upami. Agêng alit, sêpuh anèm, tuwin sugih miskin, sadaya sami sênêng tuwin abingah-bingah, sarêng dhawah ing pitung dintênipun, kanthi kairit ing para mantri bupati, ingkang sami mangangge agêng-agêngan, Budi Mirowic akanthi Dèwi Sabawa bidhal dhatêng gareja prêlu kaijabakên. Sasampunipun rampung, lajêng kaarak lumêbêt ing kadhaton.

Sasampunipun pangantèn enggal kêkalih wau ngaso wontên ing griyanipun ing sawingkingipun kadhaton sawatawis dangunipun, Budi Mirowic sakalihan lajêng minggah ing kapalipun ingkang salaminipun tansah labuh ing palabuhan ngriku.

Ing wêkdal punika ing baita tumpakanipun Budi Mirowic pinajang-pajang sarwa endah. Dene dumuginipun ing ngriku, pangantèn kapêthukakên dening ibunipun Budi Mirowic ingkang saklangkung gambira manahipun, dene sampun kalampahan tinurutan punapa ingkang dados sêdyaning anakipun wau. Sasampunipun pangantèn kêkalih minggah ing kapal, makatên ugi para pangiringipun ingkang lajêng sami minggah ing baita sanès-sanèsipun, kapal sadaya wau lajêng sami pangkat jangkaripun saha nuju dhatêng papan padununganipun, inggih punika ing: Penesiyah.

Badhe kasambêtan

--- 69 ---

No. 18, 30 April 1938, taun IX

TAMAN BOCAH

Ingkang ngêmbani: BU: MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CENTRUM REGANE SATAUN F 1.50 KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN BAYAR DHISIK LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN

KATRÊSNAN MARANG ANAK

[Grafik]

Mungguh ing katêsnan, iku ayake ora ana kang madani katrêsnaning wong tuwa, yaiku bapa-biyung mênyang anake. Malah nganti ana paribasan: ''Sagalak-galakaning macan, ora kolu mangan anake dhewe.''

Karêping paibasan mau kajaba anggambarake katrêsnaning wong tuwa, iya kanggo nêrangake: Wong tuwa iku sanadyan kêrênga pisan, ora bakal tega gawe sangsarane anake. Malah uga ana karêpe: Sanadyan anak iku alaa kaya apa, mungguh ing watêk utawa rêrupan, mungguh ing ati iya isih duwe katrêsnan.

Yèn ngèlingi lêlakon kang kaya gono mau tumraping anak wajib ngrumasani lan kudu ngrêti. Apa kang bakal diwalêsake marang wong tuwane.

Yèn anak ngèlingi bakal pamalêse marang wong tuwa, wah mêsthine iya rêkasa bangêt. Nanging ora mêngkono, tumraping anak, iku lagi ambangun-turut lan wêdi marang wong tuwa bae, gêdhening atine wong tuwa wis sagunung.

Katrangan ing bab trêsnaning wong tuwa mênyang anak, kuwi mêsthine wis padha kosêksani dhewe? Iya, apa ora.

Coba saiki tak caritakake katrêsnane Nata ing Bulgarie, Prabu Boris marang putrane,

--- 70 ---

Putri Marie Louise. Sang nata mau sawijining nata kang sugih padamêlan, sabên dinane tanpa nganggur, ing sasêlaning damêl lagi kagêm ngaso sawatara.

Ing sawijining dina nalika sang prabu lagi sêla ing padamêlan, nguningani ingkang putra lagi sinau. Ing kono sang prabu banjur lênggah nyakêti karo andangu, yèn cara Jawane yake: ''Kowe lagi sinau, Nok.'' Sabanjure sang prabu iya mulang ingkang putra.

Mêsthine tibaning wulang kang kaya mangkono mau mung sarwa gawe sênênge kang mulang utawa kang diwulang. Pasêmone tinêmu ana ing gambar.

Bu Mar

MULABUKANE MANUK ÊMPRIT RUPANE IRÊNG

Dhèk jaman kuna manuk-manuk iku padha kumpulan prêlu arêp gawe ratu, supaya anaa kang mranata marang uripe. Wiwitane kang dipilih manuk mêrak, amarga kajaba gêdhe wujude uga pinunjul ing rupa. Nanging lagi sawatara sasi kêpêksa dilèrèni, awit manuk-manuk padha ora sênêng ngrungokake unine, pangrasane pijêr ngeling-eling karêmane bae, yaiku: ''Pohung-Pohung.''

Salèrène mêrak, digêntèni manuk blêkêtupuk, sabab sanajana ala ing rupa, nanging cucuk lan kukune kukuh, kanggo nanggulangi mungsuh. Ananging durung sapira suwene, manuk-manuk iya ora sênêng, amarga ora pantês ratu pijêr ngeling-eling putune bae mangkene: ''Putuku, putuku, putuku.'' Mulane iya dilèrèni manèh.

Saiki sing arêp dipilih dadi ratu manuk podhang, awit sanadyan cilik, sêmbada ing rupa, lan cukat satandang polahe. Sawise madêg dadi ratu, bangêt agawe cuwaning atine para kawula, amarga ora cundhuk, ana ratu athik sadina-dinane pijêr ngeling-eling utange bae, yaiku: ''Pitung puluh, pitung puluh.'' Mulane iya uga ora dianggêp dening para manuk-manuk kabèh.

Sarèhning wis ora ana kang dipilih manèh, mulane manuk êmprit dikongkon golèk calon ratu mênyang tanah Sabrang, miliha kang dikira ora nguciwani. Manuk êmprit saguh golèk, banjur mabur, kang dadi sêdyaning ati mênyang nêgara Mêsir.

Satêkane ing Mêsir kêtêmu karo manuk sirkêdhasih, banjur dirêmbugi, arêp diajak mênyang tanah Jawa arêp didadèkake ratu, lan bakal dimulyakake uripe. Manuk sirkêdhasih kèlu marang rêmbuge êmprit, banjur milu ngêtutake ing lakune, nganti têkan ing tanah Jawa. Mula nyata sirkêdhasih dimulyakake, tandhane nganti saprene, sanajan sirkêdhasih tuwa, ora tau golèk pangan dhewe, sing nggolèkake manuk liya. Ananging sanajan dikêpenakake, bawane dudu panggonane dhewe mêksa ora krasan, lan pijêr kèlingan nêgarane dhewe.

Cacade dene ora kèlingan dalane, mulane sabên dina tansah undang-undang si êmprit bae, sêbute: priiiit putiiiih, jujugêna mênyang Mêsir rir rir rir rir.

Si êmprit kuwatir kon ngêtêrake bali, enggal nyêmplung ing wêdêlan, pangarahe supaya sirkêdhasih panglinga, awit maune putih ing samêngko dadi irêng.

Mulane nganti saprene manuk êmprit rupane dadi irêng.

Sri Moeliati, M. Hoed, Gadingan Jatibarang.

MÊNARA GÊNI DUDU GAWEANING UWONG

Bocah-bocah, kowe rak wis mangêrti kabèh, yèn ing pasisir ngêndi-êndi dianani mênara gêni. Dene pêrlune kanggo nuduhake dalan marang wong-wong sing padha layaran. Siji-sijine mênara mau mêsthi beda-beda, ora ana sing padha sarta gênine mau ketok lan ora ketoke mêsthi lêt-lêtan: byar-pêt-byar-pêt. Êlête mau wis dipêsthi dhewe-dhewe. Mangkono mau wong-wong tukang prahu banjur bisa wêruh cêtha, mênara gêni êndi sing kaliwatan utawa sing diarêpake.

Saiki ing salah sawijining palabuhan ing Centraal-Amerika ana mênara gêni kang anèh bangêt, nanging dudu gaweaning manungsa. Ing sacêdhake palabuhan mau ana gunung kang sabên 7 mênit ngêtokake gêni, nganti pirang-pirang pal dohe iya isih bisa ketok. Urube gêni mau ajêg kaya dene jam, malah bokmanawa luwih ajêg tinimbang jam, jalaran jam yèn lali ora diputêr, lakune iya banjur ora ajêg. Dene mênara kang anèh iki ora pêrlu diputêr kaya jam lan manèh ora tau ana sing rusak lan ora pêrlu dijaga wong sarta ora pêrlu nganggo listrik.

--- 71 ---

PAPAN KANGGO NYAMBUTDAMÊL SUWARGI R.A. KARTINI

[Grafik]

Dêdongengan ing bab kaanane R.A. Kartini mêsthine tumrape kêponak-kêponakanku kabèh wis padha ngrungu. Saya tumrape bocah-bocah wedok, lagi krungu jênênging sêkolahane bae mêsthi wis padha ngêrti.

Mungguh kawêkêlane suwargi R.A. Kartini marang samubarang gawe uga tansah dadi rêrasan.

Ing gambar iki mujudake papan kanggo nyambutdamêl R.A. Kartini. Ing kono kowe kabèh padha bisa sumurup ing bab apiking panatane, lan ketok anggone nyarambahi marang padamêlan warna-warna.

LÊLUCON

Paramasastra

Guru : ''Rahayuni, têmbung kumawani iku rimbag apa?

Rahayuni : ''Têmbung kumawani punika rimbag bawa kuma.''

Guru : ''Bênêr. Saiki kowe Muryana, têmbung kêponakan, kêpidak, kêpatèn lan kêpulut iku rimbag apa?''

Muryana : ''Têmbung kêponakan punika rimbag bawa kêpo, kêpidak bawa kêpi, kêpatèn bawa kêpa lan kêpulut bawa kêpu.''

Bambang ing Subah.

Arêp ngapusi konangan!

Sunjaya arêp mlincur, tilpun marang gurune, swarane digêdhèk-gêdhèkake, bèn ora kêtara.

S : ''Tuwan, anak kula, mangke botên mlêbêt, sakit bêntèr.''

G : ''Inggih, prayogi ngaturi dhoktêr, anggèn kula wawan rêmbag kalihan sintên?''

Sunjaya swarane kaya adat sabên: ''Kalihan bapak kula, Mêneer!''

Batangane cangkriman dhèk Sêtu buri

I. Ambahrawa

II. Imogiri. Pulo Sêlèbês

Cangkriman anyar

I. Ing sajagad omahe sapa sing apik dhewe, lan godhong apa sing amba dhewe?

II. Ana kewan sanajan mung siji, kabèh uwong padha ngarani akèh. Kewan apa iku?

III. Dicêkêl iya isih mabur, dikêmpit iya mabur, sanadyan didokok ing kopêr pisan iya isih mabur, apa iku?

Bambang ing Subah

--- 72 ---

PÊNGASAH PIKIR

[Grafik]

Katrangan

Mênêngên (Horizontaal)

1. Panakawan Madukara. | 4. Anak Walanda (lanang) | 7. Pamulangan luhur militair ing nagara Walanda. | 8. Blabag tipis (wadhah srutu). | 10. Barang plikêt. | 12. Wadhah wayang lulang. | 14. Kawine banyu. | 15. Gutekan ing jêro omah. | 16. Kapintêran. | 18. Bangsa asu. | 20. Peraganing gunung kang umob. | 21. Barang lancip. | 22. Piranti Sport. | 24. Sêsêbutane kulawarga (famili). | 25. Dèwi ing buku Sultan Akbar. | 26. Pada. | 27. Sasi Jawa.

Mudhun (Verticaal)

1. Têmbunge krama têmbang. | 2. Barang pêlikan. | 3. Wong kang duwe kuwasa gêdhe. | 4. Omong klokar-klokor. | 5. Bêngawan ing Afrika. | 6. Jênênge bocah lanang. | 9. Têmbung Arab. | 11. Kutha cilik bawah Ngayogyakarta. | 12. Wadhah wayang lulang. | 13. Kramane loro. | 16. Piranti sêkolahan. | 17. Pirantine tukang kayu. | 18. Lêlara kulit. | 19. Piranti kanggo gawe pancing. | 23. Barang plikêt. | 24. Basa Walandane lambe.

Mochamad Madijana ing Têmanggung

MANGSULI LAYANG

Mien Satrijani, Blitar. Trij, yèn ngirimi lêlagon ya luwih bêcik nganggo noot lan yèn kowe arêp tuku buku apa-apa nyang Bale Pustaka, mung kari ngirimi dhuwit sarêgane buku sing arêp kokjaluk, dene sing mragadi pangirime iya Bale Pustaka dhewe.

Soerjati, Klampok. Wah bungah aku, mundhak kêponakan saka Klampok. Ti, yèn kowe arêp tuku buku Babad Arumbinang, dhuwite kudu kokirimake dhisik, arêp tuku mung siji iya kêna bae.

Sri Dadijah kuwi putraning Wêdana ing Bawang, dadi adrèse ya gampang. Yèn kowe kêpengin anêpungake, ya ngirimana layang bae nyang Sri, dhèwèke mêsthine banjur bungah bangêt.

Soetono, Surabaya. Wah No, apik bangêt kirimanmu prentbriefkaart, gambare: Kali Mas. Kêtrima bangêt.

Moedjana p/a Sastradiwirja Sêjatipasar, Jogja. Kowe susah-susah bangêt, nênuwuna bae, muga-muga êmbokmu enggal pinaringan waras lan enggal bisa mulih. Bu Mar uga milu mêmuji enggala bisa waras lan adhimu sing nêmbe lair pinaringana sêgêr kuwarasan.

Titi Soepratignjo, Kêdhungutêr, Banyumas. Aku wis tampa kirimanmu prentbriefkaart kanthi bungah lan panarimaku.

Soekartijah, Malang. Yèn kowe arêp ngirimi layang nyang Uncle Sum Singapur ora kêna nganggo postblad. Bab adrèse Hoentari Bu Mar rada lali, awit dhèwèke wis lawas ora ngirim-ngirimi layang nyang Bu Mar.

Hoentari, Palembang. Dhèk kowe isih ana ing Lumajang rak wis tau têpung karo Soekartijah ta? Saiki Soekartijah kêpengin layang-layangan karo kowe, coba kowe ngirimana layang sarta adrèsmu kang cêtha marang Soekartijah, mêngko rak enggal tampa wangsulan.

Lala, Bululawang, Malang. Wah, dadi kowe saiki ngêcakake pagawean buri, ya malah bêcik. Pitakonmu bab rêcêpt panggawene ''pêlok'', iku bokmanawa, yèn ora kliru mangkene: Glêpung 1 kati, êndhog pitik papat, gula sacukupe, susu utawa santên uga sacukupe. Kabèh mau kacarub dadi siji kagêblèg-gêblèg, banjur diletre, digawe wangun pêlok, banjur digorèng. Jladrènane akas, lêmêse kaya dene jladrèn kanggo pastèl.

Trima, Gêdangan, Modjowarno. O, bungahku uga tanpa upama, barêng maca layangmu, nyritakake yèn raportmu apik bijine 6, 7, 8, 9 ora ana limane siji-sijia. Muga-muga mêngkonoa sabanjure.

Soendam, Kêpanjèn (Malang). Karanganmu wis kêtampan. Yèn ana papan bokmanawa iya kapacak.

Siti Rochamah, Bobotsari, Purbolingga. Ach, mêsthi ora Bu Mar lali nèk duwe kêponakan ana ing Bobotsari. Mung sarèhne Bu Mar ora duwe potrètmu mula iya ora bisa ngentha-entha kaya apa ta rupane lan ora bisa ngira-ira, sêsêking klambimu. Yèn awakmu sêgêr, ya ana mèmpêre, jalaran ing Bobotsari hawane kêpenak. Pancène mono bae Bu Mar kêpengin nyang Bobotsari, ngrasakake kêpenaking hawane, awit saiki ing Bêtawi panas, wah ora karuan kae.

Doekarsi, Rêmbang. Aja pisan-pisan dadi atimu, karanganmu ora bisa kapacak, awit saiki dakowahi ora macak karangan sing dawa-dawa. Dadi yèn dhangan atimu lan kowe kobêr, yèn arêp ngirimi karangan sing cêndhak bae, sing kira-kira bisa kapacak sapisan, dadi ora kêdawan, awit yèn tansah ana candhake mundhak padha bosên. Dongèng-dongèng sing cêndhak, sing migunani utawa sing lucu, nanging sing mbocahi.

Layang liya-liyane bakal dakwangsuli Sêtu ngarêp.

Bu Mar.