Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05, #1667

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1938, #1667
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-02, #1667. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1509.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03, #1667. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1510.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04, #1667. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1511.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05, #1667. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1512.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06, #1667. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1513.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07, #1667. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1514.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08, #1667. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1515.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10, #1667. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1516.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11, #1667. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1517.

Ôngka 36, Rê Wa, 4 Sapar, Mulud 1869, 4 Mèi 1938, Taun XIII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun : Pasisir Sagantên - Kasusilan - Padagangan Langsêp ing Kitha Malang - Wiraosan Sêrat - Marsudi Gêndhing Jawi - Pambikakipun Gêdhong Nirom - Andhap-asor Unggul Wêkasane - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.

Pasisir Sagantên

[Grafik]

Sêsawangan pasisir sagantên ing laladan Bantên.

--- 542 ---

Wulang Sae

Kasusilan

Dening Radèn Tumênggung Harjaprakosa, ing Surakarta.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 35.

Manawi kula ngèngêti agênging kuwajibanipun wanita dados guruning panggulawênthah sutanipun, ing bab kamajênganing ngagêsang adhêdhasar karahayon, prakawis ingkang sakalangkung gawat sarta rungsit punika, para wanita sayogi sami anggalih sayêktos, kalayan ngêtog kêkiyatanipun, murih botên nguciwani anggèning dados ibu, awit saking punika, para wanita wajib sami anggayuh dhatêng kasusilan. Inggih namung kasusilan ingkang dados baboning kamajêngan sarta karahayon, ingkang gumêlaripun wontên ngalam donya beda-beda, undha-usuk manut darajatipun piyambak-piyambak.

Samangke kalilana kula nêrangakên andharaning kasusilan, ingkang wajib dinarbe dening para wanita, tuwin ugi wajib dinarbe dening para kakung. Wanita utawi kakung ingkang andarbèni kasusilan, punika wontên sawanganipun para linangkung, tiyang wau ngangge jamang busananipun ngagêsang. Sadaya kamajêngan ingkang adhêdhasar karahayon, têtêping kuwajiban isi raos bêkti, kautamèn sarta luhuring bêbudèn, punika aslinipun saking kasusilan. Dene bakunipun ingkang dipun wastani kasusilan punika, ringkêsanipun anggadhahi têgês mangrêtos kanthi mituhu nêtêpi dhatêng anggêr-anggêring Pangeran anggèning anggêlarakên bawana saisinipun punika. Katranganing kasusilan punika, manawi dipun jèrèng, andharanipun panjang sangêt, amargi kajêngipun kasusilan punika, ngêwrat pintên-pintên prakawis, suraosipun lêbêt sangêt, tuwin wiyar têbanipun. Kados ta: mawi ngrêmbag prakawis kukum, kasusilan gadhah têgês dados anggêr-anggêr. Manawi wontên golonganing pakaryan, kasusilan gadhah pikajêng têtêping kuwajiban. Bilih ngrêmbag prakawis wêwatakan, kasusilan anggadhahi pikajêng: kautamèn sarta luhuring bêbudèn. Dene bilih wontên ing panggawe, kasusilan anggadhahi pikajêng karahayon. Kasusilan ugi dumunung ing jogèd, wicantênan, tuwin sanès-sanèsipun malih, sadaya wau manut darajatipun piyambak-piyambak, ingkang gumêlaripun undha-usuk tuwin beda-beda.

Gumêlaring bawana punika, kados ta: srêngenge, lintang, rêmbulan, bumi, lampahipun ubênging cakrawala punika, mawi tatananing panguwasa ingkang susila, satunggal-satunggalipun sami nêtêpi lumampah wontên ing garis-garis ingkang katamtokakên ing anggêr-anggêring kuwajiban (kasusilan) saupami sadaya wau botên nêtêpi tataning kasusilan, saèstu ubênging cakrawala punika badhe risak dening bêbêntusan. Makatên ugi kawontênaning manusa, bilih botên nêtêpi garis-garis kuwajibanipun piyambak-piyambak kanthi susila, ing donya inggih tansah cêcongkrahan utawi paprangan.

--- 543 ---

Wontên malih pasêksèning kodrat ingkang nyata, kados ta kawontênanipun badaning manusa, saranduning badan wontên pirantos warni-warni, tuwin beda-beda, kados ta: pôncadriya, peranganing jêroan: wadhuk, usus, jantung, ati, pêru, impês, tuwin sapanunggilanipun, sadaya wau mawi tatananing kodrat ingkang susila, satunggal-satunggalipun perangan agêng ngantos perangan alit-alit, sami anggadhahi pakaryan kuwajiban piyambak-piyambak, andum damêl, sarta samad-sinamadan kalihan sanèsipun. Satunggal-satunggalipun pirantos wau, sami têtêp dhatêng kuwajibanipun piyambak-piyambak. Saupami wontên salah satunggalipun pirantos botên nêtêpi kuwajibanipun, kados ta impês wau anggêga sakajêngipun piyambak, botên purun ambucal toya, sampun tamtu lajêng adamêl kisruhipun pirantos sanès-sanèsipun, amargi satunggal-tunggaling pirantos wau sami gêgandhengan, têmahan badanipun sakojur lajêng karaos sakit.

[Iklan]

Makatên ugi kawontênan gêsangipun sadaya manusa, sajatosipun satunggal-satunggalipun wau, mênggahing lair tuwin batinipun sami gêgandhengan dados satunggal, tuwin anggadhahi kuwajiban piyambak-piyambak, ugi andum damêl, sarta samad-sinamadan satunggal kalihan sanèsipun, botên beda kados balêgêring badan satunggal, sadaya peranganing badan ing jawi tuwin ing lêbêt, ugi sami gandhengan sarta samad-sinamadan. Anggèn kula matur bilih gêsangipun manusa ing donya punika lairipun gêgandhengan dados satunggal, punika sabab saking katangsulan rante samad-sinamadan. Anggèn kula sagêd nêdha sêkul sapulukan punika saking sadhèrèk tani sami nanêmakên pantun, dene sadhèrèk tani anggèning sagêd mangangge sandhangan, punika jalaran dipun pitulungi para tukang damêl sandhangan. Para tukang damêl sandhangan wau, sagêdipun yasa griya, jalaran saking pitulunganipun para tukang batu tuwin tukang kajêng. Makatên sapiturutipun ubêng-ubêngan, ingkang têgêsipun samad-sinamadan satunggal kalihan sanèsipun, prêlu kangge nyêlapinyêkapi. kabêtahaning ngagêsang.

Badhe kasambêtan.

--- 544 ---

Bab Tanêman

Padagangan langsêp ing kitha Malang.

Pinuju ing môngsa marèng, jawahipun namung kantun awis-awis tur botên patosa dêrês, dados yèn wanci siyang bêntèripun karaos sumêlèt sangêt, amila têtiyang sami milala bangsaning sêgêr-sêgêr. Sarèhning ing wêkdal wau pinuju usum langsêp, dados inggih langsêp punika ingkang adhakan katêngên.

[Grafik]

Mèh sabên meja padhaharan wontên sadhiyanipun langsêp, kangge buah-buah katingalipun pancèn pèni. Ing palataran tuwin ing margi-margi, kulit langsêp ambaladêr, sabab para lare utawi têtiyang anggèning sami nêdha langsêp, kulitipun kabucal saênggèn-ênggèn.

Ing pêkên Malang wontênipun langsêp wau kadhasarakên ngantos bêbanjêngan, kathah ugi ingkang karêmbat kaidêr-idêrakên dhatêng pakampungan, punika sadaya nelakakên bilih woh langsêp wau sangêt dipun karêmi ing ngakathah, dados mênggahing padagangan nama madolakên. Môngka saperangan agêng raosipun botên patos lêgi, dados pèninipun wau yêktosipun namung kandhêg wontên ing warni, pramila rêrêgènipun inggih lajêng mirah sangêt, arta saêsèn sampun sagêd pikantuk sadhompol, udakawis wontên 20 dumugi 25 iji cacahipun.

Wontên ugi ingkang raosipun eca (lêgi), nanging lôngka, yèn tumbas saêsèn namung pikatuk 5 utawi 10 iji, dados kaoting rêrêgènipun tikêl kalih, ewadene mênggahing panyadean inggih mêksa laris, enggal sangêt têlas, ananging bab wau sêmunipun para sadhèrèk dhusun ingkang sami darbe witipun, sajak botên anglêgewa, botên purun migatosakên amrih pêpajênganipun langkung kathah, tôndha yêktinipun makatên:

Nuju ing dintên Ngahad wanci enjing kula niyat nyatitèkakên. [nyati...]

--- [545] ---

[...tèkakên.] Kula linggih pinggir margi sumêrêp sadhèrèk dhusun sawatawis sami angrêmbat angrêgiyêg, swaranipun pating krêngkèt, kranjangipun kiwa têngên katingal munjung mawi katutupan ing gêgodhongan utawi kalaras pisang, sawênèh tapas, saking katêbihan sampun katawis bilih bêbêktanipun wau sami awrat, mêntas malampah têbih, katôndha kringêtipun sarewehan, nuju dhatêng pêkên kitha, sarêng cêlak cêtha bilih ingkang karêmbat wau woh langsêp. Gagasan kula: mendah têtiyang punika mangke samantukipun saking pêkên tamtu anggembol arta kathah saking pêpajêngan langsêp, ing dalêm sarêmbatipun kula kintên sagêd pajêng apêsipun f 2.-. Nanging nyatanipun pangintên wau lêpat, awit têtiyang punika sarêng kula pitakèni namung sagêd pajêng a f 0.60 nyêngkanipun f 1.- ing dalêm sarêmbat munjung.

Wontênipun makatên amargi langsêpipun botên eca, inggih punika kêcut, mila ing ngriku lajêng kula nyatakakên, têtela sabab langsêp wau kirang sêpuh, kathah ingkang taksih ijêm, kêtitik pangundhuhipun sajak kasêsa, ngangkah tumuntêna dados arta, nanging jêbul dhawah tuna, bawaning manah kirang sabar. Môngka ingatasing langsêp, mila araos eca, punika bakunipun namung kêdah kaundhuh samôngsa sampun sêpuh yêktos, ingkang katog sêpuhipun punika raosipun têmtu lêgi eca, amila ing pangundhuh kêdah sabar.

Dene bab warni, punika ugi dados panarik, mila mumpung taksih ijêm, enggal kabrongsonga mawi tapas, pambrongsongipun kêdah rapêt, akiripun tamtu dados langsêp ingkang akulit pêthak sumringah, sawanganipun mengingakên. Kosokwangsulipun manawi tanpa katrongsong,kabrongsong. sanajan sagêd matêng ing wit, nanging warninipun burik pating trutul sêmu ijêm, dados kirang ngrêsêpakên manah, kajawi punika asring risak dening ama, kados ta katêdha bajing, codhot, luwak saha sanès-sanèsipun.

[Iklan]

Ingkang punika mênggahing pamanggih, sanadyan prakawis sapele kula manah prêlu pinèngêtan ing ngriki, bokbilih sagêd nênangi manahipun para sadhèrèk dhusun, puruna ngudi sarta nyêtiyarakên ingkang supados saya mindhak-mindhak pangasilanipun saking pêkahing karang kitri kasêbut ing nginggil, awit pawêdal langsêp ing laladan Malang cêtha botên namung sakêdhik, bab wau sagêd katitik wontên ing padhasaran, utawi kalanipun kaêmot ing grêbong-grêbong tram punapadene sêpur.

Nirrasa.

--- 546 ---

Wiraosan Sêrat

Prakawis-prakawis ingkang kaandharakên ing wawasan punika, botên sadaya dipun mupakati rêdhaksi. Mila sarampunging pamacakipun, rêdhaksi badhe mratelakakên pamanggihipun piyambak.

Dr. Th. Pigeaud: Javaans-Nederlands Handwoordenboek, wêdalan J.B. Wolters U.M. ing Groningen tuwin ing Batawi, taun 1938.

Rinasa saya karasa, linalali saya ngranuhi.

Sêrat kabar Bataviaasch Nieuwsblad ingkang mêdal ing tanggal surya kaping 13 April 1938 lêmbaran 4, ngêwrat wiraosanipun Drs. R.L. Mellema§ Doctorandus punika tiyang ingkang sampun putus pasinaonipun ing pamulangan luhur. Para doctorandus tumraping kawruh hukum wênang ngangge sêsêbutan meester (mr.) makatên ugi para doctorandus tumraping kawruh kaundhagèn wênang ngangge sêsêbutan ingenieur (ir). Têmbung doctorandus (drs.) sapunika asring dipun pigunakakên minôngka sêsêbutan, nanging punika kapetang dèrèng manjing adat lan tatacara. bab Sêrat Bausastra Jawi Walandi karanganipun Dr. Pigeaud§ Dr. (doctor) punika sêsêbutanipun tiyang ingkang sampun dados doctorandus tumrap salah satunggaling kawruh, winêwahan: sampun ambabar pamanggihipun, sarana kadhapuk awujud sêrat, tumrap salah satunggaling masalah ingkang gêgayutan kalihan pasinaonipun, lan sagêd angêkahi pamanggihipun wau atas pambantahipun para guru agung ing salah satunggaling pamulangan luhur miturut upacaraning pasinaon luhur. wêdalan Wolters ing taun 1938.

Tuwan Mellema anjaka katêmbèn asmara pangalêmipun, sawêg sêsirahaning wiraosanipun kemawon yèn kajawèkakên kirang langkung ungêlipun sampun makatên:

Sêrat Bausastra Jawi Walandi enggal, sêrat pêpêthingan ingkang kaantu-antu 60 taun laminipun.

Punika kula pêthikakên sakêdhik wiraosanipun:

... sanadyan warninipun jatmika (botên kêkathahên pratingsing), inggih punika ingkang sagêd mracihnakakên nêtêsipun bêbasan: prasaja tandhaning nyata.

... para undhagi sampun têtaunan cêcêngklungên angêntosi Bausastra punika, ingkang - cêkakipun - dados têtugu ing margining pasinaon basa Jawi.

Yèn linantur saya anggalur amiraosi sêrat punika, nanging ingkang sampun kasêbat ing nginggil wau kados sampun cêkap minôngka sêsaiding pakêrta ingkang sampurna.

Saking kapilayu ing wiraosan manohara, kula enggal-enggal tumbas Sêrat Bausastra punika.

Yèn katandhing kalihan Bausastra Gericke-Roorda (wêdalan E.J. Brill ing Leiden, cithakan ingkang kaping 4 ing taun 1901) Bausastra enggal punika prigêl dipun angge:

Sapisan, saking sêratipun alit lan ènthèng (624 kaca dlancang tipis).

Kaping kalih: urut-urutaning dêntaywanjana sagêd gumathok, sabab kasêrat ing aksara Latin.

Kaping tiga: urut-urutaning têmbung ingkang dipun jarwani botên namung angguru pokoking têmbung, sanadyan têmbung andhahan inggih dipun urutakên miturut dêntaywanjana angguru aksaranipun ingkang wiwitan, punika ugi anggampilakên panganggenipun.

--- 547 ---

Mênggah têrangipun ingkang kula aturakên bab kaping tiga punika makatên:

Upami badhe madosi jarwaning têmbung: "mawiti", punika yèn ing Bausastra Gericke-Roorda kêdah madosi pokoking têmbung, inggih punika têmbung: "wit", ing ngriku pinanggih klêmpak sadaya têmbung-têmbung ingkang asalipun saking têmbung: "wit", dados inggih ing ngriku punika panggenanipun têmbung: "mawiti". Dados, sabên badhe madosi têmbung, kêdah dipun padosi rumiyin punapa pokoking têmbung wau.

Yèn ngangge Bausastra Pigeaud cêkap dipun balêjog dipun padosi panggenan aksara: "m" lajêng dipun urutakên dêntaywanjananipun: "ma ... mawiti" kemawon. Punika langkung gampil ... nanging inggih wontên nangingipun.

Yèn ngangge Bausastra Gericke-Roorda sagêd mangêrtos gêgayutaning têmbung pokok lan sadaya andhahanipun, yèn ngangge Bausastra Pigeaud botên.

Ing Bausastra enggal punika sabên têmbung mawi dipun cirèni kapetang jinis punapa miturunmiturut. pamerang-perangipun Dr. Pigeaud, kados ta: ki (krama inggil), st (spreektaal = namung kangge ijêman), bt. (boekentaal = namung kangge ing sêrat-sêrat), vl. (vorstenlanden = namung kangge ing tanah Kajawèn) etc, punika ugi anggampilakên ingkang ngangge.

Kajawi punika Bausastra Pigeaud ugi ngêwrat pratelaning jarwaning têmbung ingkang kêrêp kangge ing côndrasêngkala dipun wijang-wijang miturut watêkipun. Punika ugi anggampilakên ingkang ngangge.

Drs. Mellema ngukumi: "sabên têmbung (ingkang kawrat ing Bausastra enggal punika) sampun kalèlèr ing cak-cakanipun, kajawi punika: langkung wigatos malih - ugi tumraping para nupiksa bôngsa Jawi - sabên têmbung namung dipun têrangakên wosing jarwanipun kalayan cêkak aos.

Sarèhne anggènipun anglèlèr punika miturut pangandikanipun Drs. Mellema kalayan papriksan ingkang nastiti, mêsthinipun anggènipun anjarwani inggih kenging katamtokakên cèplêsipun. Punika saking pamanggih kula ingkang dados pokoking prêlu, wondene cêkak aosipun punika namung minôngka pêpaès ingkang andadosakên indhaking saenipun.

Kula botên wani angukumi awon saening Sêrat Bausastra enggal punika, awit angrumaosi dede undhagi ingatasing basa lan kasusastran Jawi, tangèh sagêda ngaturakên dalil-daliling panimbang ingkang cêkap lan gumathok. Wani kula namung ngaturakên wawasan sawatawis sasampuning kula ambiyaki sêrat punika.

Badhe kasambêtan.

Kandhiyur.

Sêsorah ing Radhio saking Bale Pustaka

Benjing ing dintên Ngahad sontên tanggal 8 Mèi 1938, wanci jam 1/2 8 dumugi jam 8, Bale Pustaka ngawontênakên sêsorah ing radhio Nirom2 golflengte 190, ing bab Bagaimana harus kita mêmbaca. Ingkang mêdhar sabda Tuwan Armijn Pane.

--- [548] ---

Pambikakipun Gêdhong NIROM

[Grafik]

Kados para maos botên kêkilapan dhatêng kawontênanipun Nirom. Inggih punika gêdhong ingkang kangge anggiyarakên radhio. Ingkang kacêtha ing gambar: kiwa nyonyah Hillen ambikak studio mawi sorog êmas. Wujuding sorog, kacêtha ing gambar bundêr. Nginggil têngên, musik ingkang dipun pangagêngi dening Tuwan Karel van der Bijl. Nuju kamainakên wontên ing studio. Ngandhapipun Tuwan Hagenaar nyatitèkakên suwara. Gambar bundêr Tuwan J.de Vries, omroeper Eropah. Ing ngandhap piyambak untabing têtiyang sangajênging gêdhong NIROM.

--- 549 ---

Kagunan Jawi

Marsudi gêndhing Jawi

Sambêtipun Kajawèn nomêr 35.

Wirama sarèh kasêbut nginggil manawi sampun jangkêp kaping 4 anggènipun ngungêlakên, lajêng dipun dhawahakên (minggah) dipun wiwiti sasampunipun kênong III wontên têngêr (-) lajêng nuthuk.

[Notasi]

lajêng têrus dhawahipun. Pola ôngka 3.

[Notasi]

Pola ôngka 4

Sapunika gêndhing Pangkur ingkang dipun uran-urani Pangkur: laras salendro pathêt sanga.

[Notasi]

Ingkang mawi têngêr garis, punika namung nuthuk wilahan kemawon, dèrèng dipun uran-urani. Wiwitipun ura-ura ingkang wontên têngêripun ur. lajêng lagunipun miturut nut ing nginggilipun aksara.

Ringkêsanipun gêndhing Pangkur lômba sak dhawahipun.

Pola ôngka 5.

[Notasi]

Yèn badhe dhawah, sasampunipun N III lajêng nuthuk.

[Notasi]

Badhe kasambêtan

R.Ng. Pringgahardana.

Bab Buku

Redhaksi Kajawèn sampun nampèni buku-buku saking Boekhandel J.B. Wolters, Scotweg 5 Batavia, awarni:

1. Voorloper van Kaart en Tekst, eerste Atlas van Nederlandsch-Indie, karanganipun K.G. Knol, A.J.P. Moereels tuwin C. Lekkerkerker kabiyantu dening K.J. Danckaerts punika satunggiling buku pangajaran ngèlmu bumi tumrap kapuloan tanah ngriki, kangge pamulangan andhap. Ing sabên kaca isi kar mawi pulas, dipun sisihi pitakenan, kanthi gambar-gambar ingkang mêwahi katrangan. Rêgi f 0.90.

2. Gelis pinter maca, anggitane A. van Dijk lan R. Wignjodisastro, jilid I, II tuwin III, aksara Latin, isi 32, 40, tuwin 48 kaca, mawi gambar rêgi f 0.15, f 0.20 tuwin f 0.20 sêrat waosan tigang jilid punika tuntunan maos basa Jawi aksara Latin, kaangkah murih enggalipun sagêd, kangge wulangan ing pangkat I.

3. Kêmbang sataman jilid 4. Sêrat waosan kangge pamulangan Jawi pangkat III sapanginggil, mawi gambar karanganipun Tuwan A.C. Deenik tuwin A. van Dijk kajawèkakên dening Radèn Sasrasugônda. Aksara Jawi, isi 112 kaca. Rêgi f 0.65.

4. Ambungahake II layang wacan aksara Jawa, anggitanipun H.C. Croes mawi gambar, isi 47 kaca. Rêgi f 0.20.

5. Nyênêngake II Layang wacan aksara Latin mawi gambar anggitanipun H.C. Croes. Isi 46 kaca. Rêgi f 0.20.

Buku-buku punika kasade ing toko buku wau piyambak.

Redhaksi Kajawèn ngaturakên gênging panuwun.

--- [551] ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Andhap-asor unggul wêkasane

Garèng : Ora, Truk, anggonmu anêrangake têmbung: gusti kuwi mau, kathik banjur dijarwa-dhosok, utawa jarwa-suta. Apa-apa kae nèk diothak-athik cara mêngkono, iya banjur cocog bae, kaya ta: cang - kir, diunèkake nyancang pikir, iya mêsthi bae, ta, dhasar tèhe cap sêmar mêlèk, kathik gulane batu, sing sapa ora banjur kêcancang pikire dening ombèn-ombèn sing kaya ngono kuwi, aku arêp nonton, sèh. Banjur: lo-dhong, dijarwa-dhosok: wela-wela ana ing gêdhong, iki mula iya nyata, barang apa bae sing disimpên ana ing lodhong, didêlêng saka ing jaba mula iya katon cêtha wela-wela. Luwih manèh jarwa-sutane asmaku, Truk, saya melok lan mathuk manèh. Mara, apa ora cêsplêng: Ga-rèng, uwis gagah kathik ngèrèng.

Petruk : Tobat, tobat, wong wandane kaya ... dhimpil ora kluruk mêngkono, kathik ngakune: gagah lan ngèrèng. Nanging iya ora maido, wis jamak lumrah uwong kuwi sok ora gêlêm ngakoni alane utawa kacingkrangane. Hla wong ana ing ngomah sabên dinane cat mangan cat ora, mêksa wani anyaguhi ... suwêng blong mata barliyan.

Garèng : Wayah, kaya ora apal nyang lageane wong lanang, rak wis lumrah, ta, nyang bangsane klambi ès lilin, gêlung ciyodhah kuwi, yèn arêp olèh, ambok ... bubule pisan, iya disaguhake. Ora, Truk, mara têrangna, gusti kok arani: bagus, sêtiti, ngati-ati lan gêmati kuwi.

Petruk : Diunèkake: bagus, cêkake sing bagus kuwi sakabèhane, Kang Garèng, iya: wujude, panggalihane, budine, lan sapiturute, tanpa cacad, kathik tanpa ana sing ngungkuli.

Garèng : Dadi mungguhing uwong iya sing bagus kuwi, iya bagus rupane, luhur bêbudène, jêmbar wawasane, akèh kawruhe, lan sakabèhane sarwa bagus, bagus adat tatacarane, bagus kalakuwane, bagus tatanane, malah ya bagus ... kanthonge.

Petruk : Têkan kanthonge pisan iya bagus, nèk ora mangkono, mêngko rak bisa kalakon, gusti mundhut parimirmane ... pak gadhe, Kang Garèng. Banjur: diunèkake: sêtiti, mara, anggone nitahake umat apa ora sarana sêtiti bangêt, rupane siji lan sijine mono mula iya beda-beda, ana sing gagah prakosa, ana sing pating kêthaklik, ana sing pating têlolèr, ana sing pating grêmêt, lan sapiturute, ewasamono saka sêtitine Ingkang Kuwasa, mêksa padha pinaringan pirantine dhewe-dhewe kang kêna kanggo golèk pangan.

Garèng : Ngrêti aku, Truk. Tumrape manusa sing disêbut gusti, kuwi iya kudu bisa milah-milah uripe siji-sijining para kawulane, dadi iya

--- [552] ---

bisa nêtêpake: kawulane sing kaya aku iki upamane: samene, nèk bangsane mas mantri: samene, ndara wadana: samene, para kangjêng-kangjêng: samene, yaiku ... pajêge.

Petruk : Yak, sing diprêlokake kathik mung kasile bae, ewasamono aku iya ora ngluputake babarpisan. Ing kono rak mung arêp nyêthakake adiling tindaking gusti nyang para kawulane siji-sijine. Saiki ingkang Kuwasa diunèkake: ngati-ati, awit ingkang Kuwasa ora mung nitahake mahluk bae, nanging uga maringi pranatan murih slamête, yaiku pranatan: apa sing kêna, lan apa sing ora kêna ditindakake.

[Grafik]

Garèng : Cocog, Truk, nèk carane ing donya kene, iya dianakake: wèt, kang kudu ditindakake kanthi saadil-adile, sanadyan kadhangkala wèt mau kêna diapusi ing ... pokrul bambu pêtung.

Petruk : Ya kuwi donya, Kang Garèng, yèn kowe arêp wêruh. Nèk ana ing donya kuwi kêna diunèkake ora ana barang kang sampurna, sanadyan mung saênil, iya mêksa ana sing marakake ora kumplit. Saiki tak banjurne manèh andharanaku, ingkang Kuwasa diunèkake: gêmati. Mara, apa iya ora gumati kuwi arane, ingatase umat, kuwi warna-warna bangêt, lan ora karuwan cacahe, ewasamono siji ora ana sing kliwatan, kabèh mêksa olèh cadhong pangane. Mara, apa ora gêmati iki arane.

Garèng : Dadi nèk cara gusti manusa, ya kuwi sing bisa: paring tudhung nyang wong kang kêpanasan, paring payung nyang wong kang kodanan, paring têkên nyang wong kang kêlunyon, paring salêp nyang bubulku ....

Petruk : Wayah, kok banjur mikir butuhe dhewe bae mêngkono. Sanyatane iya bênêr omongmu sing mangkono kuwi.

Garèng : Wèh, hla kok iya abot sanggane wong dadi gusti kuwi, dhing. Iya wis, aku tak êmoh dadi gusti bae.

Petruk : Sing arêp nyêbut gusti nyang dhapurmu bae sapa, sanadyana kowe sugih ... utang lan cacad. Mara, Kang Garèng, nèk nitik sifat-sifating gusti kang: bagus, sêtiti, ngati-ati lan gêmati mau, apa ora wajibe aku kabèh, padha wêdi, bêkti, ngaji-aji, lan sapiturute, marang ingkang kuwasa ....

Garèng : Wah, sing kaya ngono kuwi wis tak tindakake sabên dina kanthi têmên-têmên, malah salêbare [salêbar...]

--- [553] ---

[...e] sêmbahyang kuwi, isih nganggo tak lanjari munjuk dhewe mangkene: O, Gusti, mugi kula kaparingana têtêp iman kula, lan kula nyuwun pangapuntên sadaya dosa kula, makatên ugi dosanipun para mukmin sadaya kaparingana ngapuntên. Kajawi punika mugi-mugi kula pinaringana rêjêki ingkang sêmpulur, sukur bagi mawi èksêtrah ingkang kenging kangge dhatêng bioskup.

Petruk : Hus, wong sêmbrana, kathik nganggo ditambahi sing ora karuan mêngkono. Wis, Kang Garèng, saiki tak ambalèni katêranganaku ing ngarêp, ya iku kang diarani andhap-asor, kang bakal unggul wêkasane kuwi. Kaya sing wis tak kandhakake, wong sing bisa kaya ngono, ya kuwi uwong sing rumasa apês tumrape Gusti. Hla, saiki sing kêpriye sing diunèkake: rumasa apês tumrape Gusti kuwi. Ora liya, ngrumasani yèn kabèh-kabèh kuwi Gusti ingkang kagungan, manusa mung diwajibake: anggadhuh.

Garèng : Mêngko sik, Truk, aku tak nyêlani pitakon. Dadi saupama aku duwe sêtelan palêmbeyak, saka anggonku tuku nganggo dhuwit-dhuwitku dhewe, iki wajibku apa iya kudu tak lêbokake ing atiku mangkene: aku digadhuhi utawa diparingi ngampil dening Gusti: sêtelan palêmbeyak. Wèh, Truk, nèk kudu mêngkono ajêgan, anggonku nganggo sêtelane mau iya ora tau bisa jênjêm. Padhane lagi kowe sowan Pakualaman nganggo langênarjan silihan kae, saupama nganggomu kuwi ana ing Batawi kene, atimu apa ora tansah klicutan bae, kuwatir yèn kêpêthuk karo sing kagungan jas.

Petruk : Nanging rak ana bêcike, ta, Kang Garèng, sarèhne kowe rumasa nganggo-anggo sing dudu duwèkmu dhewe, mêsthine panganggomu kuwi iya luwih ngati-ati, sabab kuwatir yèn rusak, ora wurung disênèni sing duwe. Tur kowe iya ora bakal pêthenthengan, awit sing kok ênggo kuwi, kowe ora rumasa anduwèni, dene yèn barang silihan mau banjur dijaluk bali marang sing duwe, têmtune kowe iya ora mêsgul utawa gêtun, awit, iya kuwi mau, dijaluk bali dening sing duwe. Mêngkono sabanjure yèn kowe duwe dhuwit, kok rumasa mung digadhuhi dening Gusti Ingkang Kuwasa, mêsthine anggonmu migunakake dhuwit mau, ora banjur main: hèr-hèran, nanging têmtune kanthi ngati-ati bangêt, awit kowe rumasa: dudu duwèkmu dhewe. Kowe duwe dhuwit mau, iya ora banjur pêtentengan lan pêtontongan, awit rumasa yèn dhuwit mau mung dhuwit silihan. Kosokbaline yèn dhuwit mau ilang, kowe iya ora masgul utawa gêtun, awit kowe banjur ngrumasani: wong dudu dhuwitmu. Mêsthine iya bali mênyang sing kagungan. Kajaba saka iku, Kang Garèng, ing sarèhne kowe wêdi, bêkti, ngaji-aji marang Ingkang Kuwasa, mêsthine kowe tansah ngudi samubarang kang bisa gawe rênaning panggalihe Gusti. Môngka gawe kabêcikan kuwi dadi rênaning panggalihe Gusti. Dadi sabanjure kowe iya ora eman ambuwang dhuwit kang digadhuhake nyang kowe mau, yèn pancèn kopigunakake kanggo kabêcikan, malah kosokbaline andarindhil anggonmu ngucap: alhamdulillah, alhamdulillah, dene bisa agawe rênaning panggalihe Gusti mau.

--- 554 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

Sêsakit meningitis tuwuh ing Flores. Miturut wartos saking Kupang, têtiyang ukuman ing Ruting, Flores, kathah ingkang kêtrajang sêsakit meningitis, sêsakit wau lajêng pinanggih ngambra-ambra. Kathah têtiyang ingkang nêmahi tiwas.

Kêmajênganing pakêmpalan têtanèn ing Kêbumèn. Para kêpala dhusun tuwin guru dhusun ing Kêbumèn ngêdêgakên pakêmpalan cooperatie. Pakêmpalan wau gadhah atur dhatêng Departement van Economische Zaken, nyuwun katrangan ing bab lampah-lampahing panggaotan copra tuwin pantun.

Topi hèlm badhe kangge wontên ing tanah ngriki. Ing wekdal punika wontên raosan, para wadyabala ing tanah ngriki badhe dipun ênggèni topi hèlm waja, kados ingkang tumindak wontên ing Eropa. Ing bab punika badhe kawontênakên rantaman waragad ing taun 1939, ingkang kalêbêtakên ing wêwahan. Ing bab topi punika kamanah pêrlu sangêt tumraping wadyabala.

Adêging Rumah Piatu Muslimin ing Bêtawi. Adêging Rumah Piatu Muslimin ing Bêtawi saya dangu saya kêtingal pigunanipun. Malah ing sapunika ngantos kêkirangan papan ingkang kangge nyêkapi kabêtahaning lare-lare ingkang sami dipun upakara wontên ingriku. Mila saking kajênging bêbadan wau badhe ngindhaki damêl griya kalayan botên nyêngka nanging nyêkapi pêrluning lare-lare. Ingkang punika, R.P.M. angajêng-ajêng sih kadarmanipun sintên kemawon, awarni arta utawi bandha sakaparêngipun. Wiwiting pandamêl wontên wêkasaning wulan Mèi punika.

Kintunan barang dagangan saking Sumatra Pasisir-Wetan. Miturut cathêtan saking Centraal Kantoor voor de Statistiek, ing salêbêtipun wulan Maart 1938 punika barang padagangan ingkang kawêdalakên saking Sumatra Pasisir Wetan awarni: karèt 10.319 ton, kopi 196 ton, copra 945 ton, wiji palm 2934 ton, lisah klêntik 16.929 ton, sata 2657 ton, tèh 654 ton tuwin sêrat 2002 ton.

Sêrat palilah tumrap tukang-tukang untu. Sampun dangu pakaryan babagan kasarasan migatosakên ing bab padamêlanipun para tukang untu bangsa Tionghwa, nanging bab punika botên sagêd nindakakên punapa lêrêsipun, amargi dèrèng wontên pranatanipun ingkang maton. Nanging ing sapunika pakaryan babagan kasarasan sawêg ngrancang tatanan wau, ingkang wosipun, sawarnining tiyang ingkang nindakakên padamêlan wau kêdah tiyang ingkang anggadhahi diploma, tumrap ingkang botên gadhah diploma kêdah angsal palilah saking ingkang wajib, samangsa wontên ingkang botên nêtêpi tatanan, badhe kasuwak.

Jawah awu saking rêdi Mêrapi. Ing Surakarta mêntas jawah awu. Miturut papriksan saking pajagèn ing Babadan, pucaking rêdi Mêrapi kêtingal ngêdalakên kukus, wiwit jam tiga dalu ngantos dumugi jam pitu enjing, nanging ing pajagèn ngriku botên jawah awu.

Nanggulangi sêsakit mripat. Ing bab tindakipun Dr. Tijssen anggèning nyarasakên têtiyang sakit mripat ingkang mèh wuta sampun kêrêp dipun wartosakên ing pundi-pundi. Miturut katrangan, wontênipun têtiyang sakit mripat ing tanah ngriki punika ngantos atusan ewon, limrahipun namung sami nêdha jampi dhatêng dhoktêr limrah, sanès dhoktêr mripat. Saking pamanggihipun Dr. Tijssen, saupami para dhoktêr wau angsal wêwahan pangajaran saking dhoktêr ingkang ahli babagan sêsakit mripat, tamtu pinanggihipun saya prayogi. Mila pangajêng-ajêngipun Dr. Tijssen, supados angsal kintunan dhoktêr ahli sêsakit mripat saking nagari Walandi, sagêda lajêng nunggil damêl kaliyan para dhoktêr ingkang tumindak anjampèni têtiyang sakit mripat wau. Manawi sagêd tumindak makatên, tamtu lajêng kathah tindak anjampèni sakit mripat ingkang miturut tatanan. Dene salajêngipun dhoktêr ahli wau sagêda pindhah-pindhah panggenan, lajêng nularakên kawruhipun.

Majênging sêsadean ing Lampung. Sampun sawatawis dintên, mèh sabên dintên wontên maesa ingkang kakintunakên dhatêng Lampung, ngantos gangsal-neman, pangintunipun maesa wau saking Merak, pêrlu kangge pragadan, dene kintunan tigan ngantos dasanan ewon.

Muhammadiyah tampi ulêm saking Jêpan. Wontên wartos, pakêmpalan Islam ing Jêpan ngulêmi Hoofdbestuur Muhammadiyah supados anjênêngi paaargyan pambikakipun mêsjid ing Tokio, waragad-waragadipun dipun sanggi dening pakêmpalan Islam ing Jêpan sadaya. Paaargyan wau badhe kadhawahakên wontên ing tanggal 12 Mèi inggih 12 Mulud. Nanging wontên wartos bilih Muhammadiyah botên badhe minangkani panêdha wau, jalaran gêgayutan kalihan kawontênan ing Asia ing wêkdal punika.

Tentoonstelling Mardiguno. Benjing tentoonstelling Mardiguno ingkang kawontênakên ing sêkatenan Surakarta, awarni: 1. barang-barang pisungsung dhatêng Sampeyandalêm Ingkang Wicaksana kala mèngêti jumênêng 40 taun. 2. barang-barang pisungsung nalika Sampeyandalêm Ingkang Wicaksana tumbuk yuswa 64 taun. 3. barang-barang pisungsung nalika Sampeyandalêm Ingkang Wicaksana têtêp yuswa 72 taun. 4. barang-barang saking Museum Radyapustaka kapilihan ingkang sae. 5. barang-barang saking Museum Kraton. 6. tuwin barang-barang sanèsipun ingkang sagêd mêwahi sêsêrêpan.

Panenan ing Mojokêrto kapitunan. Panenan pantun ing wêkdal punika pinanggih botên kêmêdalan, jalaran kêbênan saking lèpèn Brantas. Ing sapunika parentah aparing pitulungan arta f 20.000.-, kangge ngêdêgakên babadan ingkang sagêd suka pitulungan.

Angsal-angsalanipun pakaryan Post suda. Salêbêting tigang wulan kawitanipun taun punika angsal-angsalanipun pakaryan Post suda, gunggunging angsal-angsalanipun sadaya f 5.909.031.-. Pêpetangan makatên ing taun kêpêngkêr wontên f 6.302.240.-.

[Grafik]

Patilêman bayi. Patilêman bayi damêlanipun Hoofverpleegster Zuster Bruning ing Budi Kêmuliaan, Bêtawi, ingkang kalêbêt sae saha mirah waragadipun.

Ewah-ewahan saha têtêpan dhoktêr. Kawrat kêkancingan saking Departement Pangajaran, Dr. R. Soesilo kaparingan verlof dhatêng Eropa laminipun sataun, wiwit tanggal 20 Augustus ngajêng punika. M. Soeparmo Honggopati Tjitrohoepojo, katêtêpakên dados Gouvernements Indisch Arts manggèn ing Blora.

Pitulungan Credietbank Blora. Kala taun kêpêngkêr Credietbank ing Blora mitulungi nyambut arta dhatêng têtiyang tani ing bawah ngriku, kangge waragad nanêm sata. Dumuginipun wanci, panenanipun pinanggih nglêgakakên. Saya tumrap ing bawah Bojonêgoro. Gunggunging arta ingkang kasambutakên wau wontên f 40.000,-.

Ing bab prakawisipun tuwan Nadjamoedin. Ing bab prakawisipun tuwan Nadjamoedin, sêsêpuh Rupelin, ingkang kadakwa nyalingkuhakên arta, punika miturut wartos arta wau pêrlu kangge kabêtahaning tiyang sanès, wusana lajêng nêmahi kasangsara piyambak. Ing sapunika tiyang sêpuh tuwin marasêpuhipun tuwan Nadjamoedin sampun dumugi ing Surabaya ambêkta arta f 25.000 kangge nglintoni arta gadhahanipun Rupelin tuwin sanès-sanèsipun, sagêda lajêng rampung.

Nglêrêsakên lêpating pakabaran. Kasêbut Kajawèn no. 33 ing bab Handelsvereeniging Nangkoda, punika miturut katrangan botên wontên.

--- 555 ---

Cooperate tiyang siti ingkang kaping 499. Dumugining tanggal 20 wulan April kêpêngkêr, kawontênanipun cooperatie tiyang siti ingkang sampun angsal rechtpersoon wontên 499. Mirid kawontênan ingkang kados makatên punika nandhakakên bilih cooperatie têtiyang siti pinanggih saya majêng.

Tanêman randhu ing kabupatèn Tuban. Ing bawah kabupatên Tuban wontêning tanêman randhu cacah 300.000 wit. Wit randhu wau ingkang kathah sami asli cangkokan (sêmpalan), mila pinanggihing wohipun botên sapintêna, ing sabên uwit namung sagêd awoh kathah-kathahipun 300 iji, dados sabên taunipun wontên 90.000.000 iji. Ing sapunika cara nanêm makatên wau badhe dipun ewahi sarana ngawontênakên dhêdhêran, papanipun pandhêdhêran wontên ing bawah onderdistrik Jênu. Ing sabên wit badhe kasade 2 saprapat sèn. Ing salajêngipun ingriku badhe dipun wontêni tiyang ahli babagan randhu, supados sagêd nindakakên caraning pananêm ngantos dumugining panyade.

Papriksa babagan sakit ewah. Gêgayutan kalihan badhe kèndêlipun Dr. Tumbelaka, pangagênging babagan sakit ewah badhe tindak titipriksa dhatêng saindênging tanah Jawi ing bab babagan sakit ewah.

Bab punggawa nagari manawi pindhah. Ing sapunika nagari anggalih dhatêng tumindaking punggawa nagari, manawi pindhahipun wontên têngah-têngahaning wulan kêpêksa lajêng ambayar sewan griya rangkêp. Ingkang makatên wau kagalih supados manawi pindhah sagêda wontên wêkasaning wulan. Dene manawi wontên pindhahan kêsêsa, punika kêdah ingkang mawa pêrlu ingkang sampun botên kenging dipun singkiri malih. Nanging manawi ngantos tumindak makatên, ingkang wajib anggalih paring lêlintu. Panêdhaning kapitunan kêdah kawrat ing zegel dhatêng directeur babagan arta praja lumantar pangagêng Departement ingkang gêgayutan, kanthi katrangan sanès-sanèsipun.

Gêdhong H.B.S. ing Sêmarang. Miturut wartos, pandamêling gêdhong H.B.S. enggal ing Sêmarang ngiras dipun dèkèki papan pandhêlikan samangsa wontên bêbaya saking gêgana.

Bangsa Batak kirang kasarasanipun. Pinanggihing papriksan, tumrap bangsa Batak ingkang sami mlêbêt dados saradhadhu kathah ingkang kirang saras badanipun. Ingkang punika tumrap lampah pados wadyabala bangsa Batak badhe mêndhêt têtiyang saking panggenan ingkang pasitènipun loh.

Têtanggêlan jiwa Muhammadiyah. Congres Muhammadiyah ingkang kêpêngkêr punika nêtêpakên rêmbag badhe ngêdêgakên pakêmpalan nanggêlakên jiwa, kanamakakên Levensverzekering Mij. Indonesia. Dumuginipun sapunika golongan Muhammadiyah ingkang malêbêt nanggêlakên jiwa sampun wontên gangsal atusan.

Kintunan kajêng arêng dhatêng Jêpan. Ing wêkdal punika kintunan kajêng arêng dhatêng Jêpan pinanggih saya suda. Sudanipun wau jalaran parentah Jêpan matêsi lêbêting barang-barag saking sajawining praja. Kala taun 1937 wêlingan kajêng arêng saking Jêpan dhatêng tanah ngriki wontên 50%. Tumrapipun Jêpan migunakakên kajêng-kajêng saking Coromandel tuwin Makasar kangge barang prabot griya, dene sudaning padagangan kajêng ing tanah ngriki ing sapunika sagêd nyade dhatêng Prancis.

NAGARI WALANDI.

Nationaal-Dagblad katitipriksa. Jalaran saking wontêning karangan ing Nationaal-Dagblad ingkang suraosipun ngrèmèhakên dhatêng Minister Yustitie, lajêng katindakakên papriksanipun dening Officier Yustitie ing Den Haag sintên ingkang kajibah ing jawab.

Sribagendha Maha Raja Putri têdhak ing De Ruyter School. Ing tanggal 2 Mèi punika Sribagendha Maha Raja Putri rawuh ing Vlissingen pêrlu nguningani kawontênanipun De Ruyter School. Ingriku kawontênakên paargyan pambikaking krudhung rêcadalêm suwargi Sripaduka Prins Hendrik sajaja ingkang kapasang wontên plataraning sêkolahan.

EROPA.

Inggris badhe damêl kapal pêrang agêng. Miturut wartos, Inggris suka sumêrêp dhatêng Volkenbond, bilih badhe damêl kapal pêrang agêng langkung saking 35.000 ton.

Tilas Nata Inggris pindhah kêdhaton. Hertog tuwin Hertogin van Windsor sampun têdhak saking Paris dhatêng Cannes, lajêng nyewa dalêm agêng kagêm kadhaton wontên sacêlakipun Antibes, laminipun tigang taun.

[Iklan]

Ambêskup barang-barangipun Prins Otto. Wontên wartos, barang-barangipun kulawarga Hapsburg ingkang rêginipun 18 yuta rupiyah saèstu dipun bêskup, jalaran saking wêwakiling sêrat kabar, ingkang anjalari damêl kalêpatan.

[Grafik]

Dr. P.V. van Stein Collenfels seda. Kala tanggal 27 April kêpêngkêr, wontên wartos saking Colombo, bilih panjênênganipun Dr. P.V. van Stein Callenfels, ingkang nuju layaran badhe dhatêng Eropa, seda, gêrahipun sampun sawatawis dangu. Dr. P.V. van Stein Callenfels punika mumpuni dhatêng kawruh babagan barang kina.

Pisungsung anyarêngi wiyosanipun Sang Hitler. Anyarêngi dhawahing dintên wiyosanipun Sang Hitler, wontên pisungsung awarni plaat gramofoon ingkang isi sawarnining wêdharsabdanipun Sang Hitler nalika kawontênakên manunggiling Jêrman kalihan Oostenrijk. Pisungsung wau saking Dr. Joseph Gobbels. Ministêr babagan salêbêting praja, Dr. Wilhelm Frick, misungsung gogor singa barong. Dr. Arthur Seys Inquart, atas saking namanipun parentah provincie Oostenrijk ngaturakên kêkancingan tumindaking pilihan ing Oostenrijk.

Wêwakil nagari-nagari ngamônca ingkang dipun tampi dening Sang Hitler. Rijkskanselier Adolf Hitler sampun nampèni utusan-utusan saking nagari-nagari sanès ingkang sampun katêtêpakên tumrap Rumenie Radiu Juvara, saking Bulgariye Parvan Draganoff tuwin saking Peru Enrique Gildeneister, sadaya wau sami sowan Sang Hilter piyambak kanthi ambêkta sêrat saking praja ingkang dipun wakili.

Lindhu ing Turki. Miturut katrangan ingkang kantun, wontênipun têtiyang ingkang nêmahi tiwas jalaran lindhu ing Turki wontên 800. Têtiyang ingkang kecalan pangauban wontên 30.000. Kapitunanipun wontên 2.500.000 pondsterling. Ing Anatolie griya ingkang ambruk atusan. Salajêngipun para wajib lajêng nindakakên pitulungan sapêrlunipun. Sanès dintên sasampunipun wontên lindhu kados ingkang sampun, lajêng wontên lindhu malih ing Kershebir, wontên tiyang nêmahi tiwas 16 tuwin kathah karisakan. Têtiyang ingkang sami ajrih nyuwun dipun pindhah dhatêng sanès panggenan.

--- 556 ---

Wêwaosan

I. Sirnanipun para linangkung

71

Ing satunggiling dintên, ing wanci sêrap surya, wontên prajurit numpak kapal cacahipun pitu sami têtêgaran wontên ing bêbulak. Prajurit pitu wau sami jêjêngguling prajurit ing praja Ruslan. Dene ingkang dados têtindhihipun, inggih punika pun: Ilya. Prajurit ingkang nêm: Dhobrinya, Alyasa, Samson, Wasili, Iwan, tuwin Gorjengko. Ing kala punika lampahipun dumugi ing margi pratigan. Margi ingkang satunggal anjog ing Kiyèf, ingkang ôngka kalih nuju dhatêng Nogorod, dene ingkang ôngka tiga dhatêng Samodra Cêmêng. Ing sarèhning wêkdal punika sampun kasaput ing dalu, prajurit pitu wau lajêng sami nêdya nyipêng wontên ing ngriku. Kapalipun sami kaêculakên supados sagêd nêdha sukêt ing sakiwa-têngênipun papan wau, salajêngipun para prajurit lajêng sami mapan tilêm.

Enjingipun, Ilya tangi rumiyin piyambak saha lajêng dhatêng lèpèn ing sacêlakipun ngriku, inggih punika ingkang dipun wastani lèpèn: Safat. Sasampunipun adus saha andhuk-andhukan, Ilya lajêng lênggah jèngkèng prêlu anêmbah dhatêng Ingkang Kuwasa. Sarêng sampun rampung anggènipun manêmbah dhatêng Pangeranipun, Ilya lajêng mawas dhatêng sabranganing lèpèn sisihipun. Ing kala punika Ilya sumêrêp wontên prajurit tanpa wicalan cacahipun ingkang sawêg nyabrang ing lèpèn nuju dhatêng papan pakèndêlanipun. Sanalika punika Ilya lajêng ambêngoki kônca-kancanipun makatên:

He, sadulur-sadulur, enggal padha tangia, ana gawe.

Para prajurit ingkang taksih sami tilêm sakeca wau, enggal-enggal garegah sami tangi, saha lajêng sami sumadhia nêdya tumandang ing damêl. Sakêdhap kemawon prajurit pitu wau sami numpak kapal, sarta sikêp dêdamêl. Nyumêrêpi wontên mêngsah dhatêng ingkang tanpa wicalan kathahipun wau, botên mawi karêmbag panjang malih, prajurit pitu lajêng anêmpuh ing yuda. Pangamukipun Ilya sakancanipun prasasat banthèng kataton, sintên ingkang kadhawahan dêdamêlipun, inggih pêdhang utawi gada, tamtu tugêl utawi rêmuk sirahipun. Kajawi punika sintên ingkang kacokot utawi kapidak ing tracak waja kapal-kapalipun, mêsthi inggih lajêng tiwas. Amila pêjahing mêngsah sami anggêlasah kados babadan pacing.

Sarêng anggènipun pêrang campuh wau kirang langkung sampun wontên tigang jam dangunipun, mêngsahipun sampun tumpês pêjah sadaya, mayitipun ngundhung-undhung kados rêdi, dene lèpèn Safat prasasat mili rah. Saking bingah-bingahipun dene sampun sagêd angawonakên mêngsah ingkang samantên kathahipun wau, ing wusana Ilya kalair têmbungipun makatên:

Tangane dhewe kiyi tumêkane saiki isih kuwat sarta prasasat tanpa sayah ngobat-abitake gêgaman kanggo numpês mungsuh. Mangkono uga jaran-jarane ing sêmu iya durung kalong babarpisan kêkuwatane, apa manèh pêdhang-pêdhange, iya isih landhêp sarta ampuh.

Ing ngriku dumadakan Alyasa lajêng kibir saha lajêng ngumbar suwara makatên:

Pancèn mula iya nyata, kaluwihane aku kabèh iki ora ana kang nandhingi. Sanadyana para prajurit saka suwarga pisan, mêsthi bakal kasoran manawa nganti mungsuh pêrang karo aku kabèh iki.

Sawêg kemawon rampung anggènipun ngumbar suwara ingkang kumalungkung wau, dumadakan lajêng wontên satriya kalih numpak kapal dhatêng ing ngriku, ingkang kanthi suwara sora anantang makatên:

He, para prajurit ing praja Ruslan, yèn nyata kowe kabèh padha satriya kang prawira, mara padha majua mrene, apêrang tandhing karo aku sakloron. Aja rikuh dupèh ing kene mung sakloron, kowe kabèh ana wong pitu. Kaya-kaya aku kloron ora bakal mundur sajangkah mungsuh karo prajurit kang mung samono mungguh kadibyane.

Badhe kasambêtan.

Wara-wara

Gêgayutan kalihan wara-wara ingkang kapacak ing Kajawèn nomêr 30. Ngaturi uninga, bilih gambar kalih iji punika, samangke botên dipun sade malih. Awit langkunganipun kantun sakêdhik sangêt, prêlu kangge sadhiyan manawi wontên ingkang kêdah dipun sukani bêbingah (prêsèn).

--- [69] ---

Nomêr 18, 4 Mèi 1938. Taun III.

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta: Rr. Siti Mariyam. Kawêdalakên sabên Rêbo.

Kagunan Nyêrat (Ambathik tumrap Wanita Jawi).

Nuwun, ing ngriki kula botên badhe nêrangakên patrap lan rekadayanipun nyêrat sinjang, upami: wong ambathik iku, morine, malame kudu kiyi. Panyêkêle lan panyêbule canthing kudu mangkene. Wêdêlane, pambabare, soga tingine kudu samene. Punika botên badhe kula rêmbag. Makatên ugi nama tuwin warni-warnining sinjang, punika ugi botên. Kajawi kula punika saèstunipun mlarat kawruh bab punika, ing madyaning Kajawèn ngriki sampun botên kêkirangan anggènipun mujudi gambar mawarni-warnining sêratan sinjang. Mila, sangêt ing panuwun kula mugi-mugi kalêstantuna, ingkang tapis, sampun ngantos wontên ingkang kalangkungan. Lah ing ngriki, punapa ingkang badhe kula rêmbag, botên sanès, bab kagunan ambathik tumrap kula wanita Jawi.

[Grafik]

Biyang Marta Sleman

Ambak-ambak kagunan nyêrat sinjang punika, ing wêkdal samangke ragi kêsilêp, jalaran kêdhêsêk ing kawruh: songkèt, sulam-sulam, braiyên, bordhir lan sanès-sanèsipun kagunan mônca. Nanging saking pamanggih kula, kagunan ambathik punika, mênggah ing kula èstri Jawi, kalêbêt satêngah wajib (kêdah sagêd), panunggilanipun nyambêl lethok anjangan bobor, kêlan ladha lan sapanunggilanipun olah-olahan cara Jawi punika inggih kêdah mangrêtos. Mila ugi kasinggihan sangêt, dene Bale Pustaka ngêdalakên buku rêsèp olah-olahan warni-warni. langkung-langkung ing udyana Kajawèn ngriki, tansah gilir gumantos ngêwrat bab punika. Mila sumôngga katêrusna, sampun ngantos kêmba.

Tiyang badhe sagêd nyêrat sinjang, sanadyan katingalipun sapele, nanging botên gampil dipun sinau. Pawitanipun tiyang sinau ambathik, ingkang prêlu: I. Kêdah grêgêd rêmên, II. Kêdah tlatos kanthi ngatos-atos. Awit kathah para wanita mudha ingkang sami gadhah grêgêd sênêng bab punika, nanging sarêng ngêcakakên, lajêng bosên, botên talatos, wêgah, ngrêgêdi tangan lan sabab sanès-sanèsipun [sanès-sanèsi...]

--- 70 ---

[...pun] ingkang nelakakên wêgahipun nindakakên. Trêkadhang lajêng cêk, santun nyandhak braiyên, hak, songkèt lan sanès-sanèsipun. Ingkang makatên wau kula botên anglêpatakên, pancèn punika padamêlan ingkang luwês, ringkês pirantosipun, kenging kasambi mlampah mrika-mriki, katindakakên wontên pundi papan, inggih mungguha patut, sanadyan wontên satêngahing pandhapi linggih kursi kupêng meja marmêr ingkang pèni, malah dados rêrênggan, mêwahi asrining sêsawangan.

Badhe kasambêtan

Biyang: Marta Sleman.

Bab Olah-olah

Sapit babon

Mragada babon ingkang sawêg wanci badhe nigan sapisan, mangandhapipun dumugi: dhara, dhere. Sasampunipun ingupakara rêsik, manawi dipun olah panggang bumbu rujak, inggih lajêng kasujenana utawi kasapita, lajêng kapanggang ing mawa arêng kanthi dipun êthing-êthinga, sanginggiling ulam katutupana ing godhong dhahap srêp, manawi sampun malik sapisan, lan ulam wau sampun katingal jêne maya-maya, lajêng kagêpukana mawi gandhèn, alon-alon, lajêng kacocohana ing sujèn utawi porok ingkang ngantos waradin, lajêng kaopyok-opyoka ing bumbu: lobok abrit miliha ingkang agêng lan panjang, lombok rawit sawatawis, sarêm, traos, kacolok bawang, asêm sakêdhik, gêndhis jawi miliha ingkang jêne, sadaya wau kaulêga ingkang lêmbat, sasampunipun kaopyok ing bumbu wau wradin, lajêng kapangganga malih, sabên malik sapisan: kaopyok ing bumbu malih, makatên kemawon salajêngipun, ngantos tanak (ulamipun katingal abrit sumringah).

Bilih badhe kaolah: panggang age, ulam babon wau kagodhoga rumiyin, yèn sampun umob sarambahan, lajêng kaêntas, manawi sampun atus, lajêng kasujènana utawi kasapit. Babon satunggal wau kenging kadadosakên satunggal punapa kadadosakên kalih, tiga, utawi sakawan sujèn (sapit) tumuntên kagêpukana ing gandhèn ingkang ragi tapis sawatawis sêru. Bumbunipun age: sarêm traos, brambang kathah, bawang sakêdhik, tumbar jintên, salam laos, bakaran kunir saênthik, kacolok gêndhis jawi ingkang jêne, sadaya wau kajawi salam laos: kaulêga ingkang lêmbat, lajêng kauwor ing santên ingkang kênthêl (kêdah kêndêl dhatêng santên) (kathah) nuntên kagodhog ing wajan siyêm, amargi ingkang mêsthi botên sagêd malih (mutah). Manawi bumbu age wau sampun sat anganil, lajêng kangge angopyok-opyok ulam ingkang kapanggang wau, sabên sawalikan pamanggang: kapopokana ing bumbu ingkang ngantos kandêl angêmplèk, pamanggangipun kêdah ngatos-atos, sampun ngantos gosong, mila latunipun kêdah ajêg, sampun ngantos kalitên utawi kagêngên.

Kula Nyai Pranata.

--- 71 ---

Wangsulan dhumatêng Sadhèrèk Wara Marta Sleman, Bab: Kamajêngan, Cêngkah: Kasusilaning Wanita.

Nuwun, kawrat ing udyananing Kajawèn ôngka 18 lan 20 bagean Jagading Wanita, wontên karanganipun Wara Marta Sleman, bab: kamajêngan, cêngkah: kasusilaning wanita.

Ing sarèhning saking pamanggih sarta wawasan kula andharanipun sadhèrèk wau katingal cêtha sajak sampun mumpuni dhatêng kridhaning kasusilan kula sadaya, sarta prakawis babagan pêrekonomian (kagêmèn) mila ing ngriki kula badhe nyuwun pitakèn, mugi wontêna dhanganing panggalih paring sêsuluh kanthi katêrangan ingkang cêtha, awit saking pamanggih kula prakawis wau botên sakêdhik pigunanipun, langkung-langkung tumrap dhatêng para sadhèrèk ingkang taksih sami tuna sêsêrêpan prakawis babagan wau. Wondene mênggah ingkang badhe kula pitakèkakên wau, inggih punika:

I. Sapintên mênggah watês-watêsing kamajênganing bôngsa kula wanita.

II. Kadospundi ingkang dipun wastani kasusilan ingkang murni.

III. Kadospundi ingkang dipun wastani ekonomi, lan punapa têgêsipun têmbung wau, sarta asli saking têmbung punapa.

VI.IV. Nyuwun priksa sarta katrangan dhawuh panjênêngan ing bab: pangudining pêrekonomian (kagêmèn) lan panggulawênthahing putra jalu lan wanita supados sami nglênggahi hakipun piyambak-piyambak, lan ugi taksih kathah sangêt ingkang prêlu-prêlu ingkang sajak sami botên katêngênakên, sapanunggilanipun.

Kajawi kasêbut ing nginggil, kula kêpêksa nyuwun katrangan malih, kadospundi mênggah ingkang dados karsanipun sadhèrèk Marta Sleman, ingkang suraosing pangandika makatên:

Vrije omgang (sêsrawungan mardika) punika bokmanawi kajêngipun badhe anjunjung drajating wanita, awit ingkang dipun emba inggih makatên punika kajêngipun. Nanging tumrap kula sadaya, ingkang dipun telad namung sakêdhik, inggih punika oyak-oyakipun, anggènipun grudag-grudug mrika-mriki, dene anggènipun tumindak ing damêl sêsarêngan kirang dipun gatosakên, trêkadhang botên katindakakên babarpisan. Inggih sami nindakakên, nanging yèn batminton, tènisên, tonil sêtêkên lan sapiturutipun kapilih ingkang sagêd damêl gambiraning manahipun piyambak-piyambak.

Sadhèrèk, punapa dhawuh panjênêngan ing nginggil punika ingkang panjênêngan wastani: kamajêngan, cêngkah: kasusilaning wanita. Bilih kapara nyata, punapa dhawuh panjênêngan wau sampun kawawas kanthi panimbanging panggalih ingkang lêrês saèstu. Awit saking wawasan lan pamanggih kula pangandika panjênêngan punika wau ngêmu raos sajak kirang sarju dhatêng babagan prakawis wau, mila kula purun mastani makatên, jêr wong Jawa goning sêmu. Dados tumrap tiyang ingkang gêsang pikiranipun, nyumêrêpi andharan kasêbut ing nginggil wau masthi lajêng kraos lan mangrêtos bilih anggadhahi têgês utawi pikajêng: aku ora mathuk, aku ora sênêng, sapanunggilanipun.

--- 72 ---

Pancèn inggih lêrês, lêrês tumrap tiyang ingkang botên mathuk, jêr tiyang botên mathuk makatên dhatênga jagad pundi kemawon wontênipun inggih namung ngawon-awon sapiturutipun, kosokwangsulipun tumrap ingkang mathuk, para nupiksa sagêd manggalih piyambak. Môngka pancènipun tumrap tiyang ingkang sampun nama jêmbar sêsêrêpanipun, lan jêmbar wawasanipun, lêrêsipun botên prêlu: ora mathuking panggalih wau kawêdharakên, cêkak ngêmungna kasêngkêr wontên ing salêbêting panggalih, ngèngêtana: yèn sadaya kadadosan, kawontênan, lan lêlampahan punika masthi mawa sabab. Môngka pun: sabab punika wau sagêd nuwuhakên: daya, tuwuhipun: daya. Tumandukipun dhatêng sadaya kadadosan, kawontênan, lan lêlampahaning donya, saking santêring pandhêsêkipun lajêng mahanani santun lan malihing jaman, makatên ugi babagan prakawis: Vrije omgang (sêsrawungan mardika) lan sanès-sanèsipun wau. Botên sanès sababipun kajawi saking daya pandhêsêking jaman, ingkang kula para manungsa botên sagêd badhe ngalang-alangi.

Badhe kasambêtan, Bok Sri W. Rêmbang.

Sinjang Taruntum.

Sinjang taruntum punika satunggiling sinjang sêratan kina, wujudipun prasaja tuwin limrahipun botên dipun rêmêni ing tiyang, awit kangge pameran botên pantês.

Nanging sêratan taruntum punika sami-sami sêratan dipun pilala piyambak, inggih punika ing tiyang manawi gadhah damêl mantu, dipun angge ing tiyang ingkang gadhah damêl jalêr èstri. Tindak kados makatên wau sampun dados kalimrahan. Tumrap tiyang jalêr bêbêdipun taruntum, ngangge sabuk sindur. Dene ingkang èstri tapih taruntum, ngangge kêmbên sindur.

Cara kados makatên wau pinanggih sampun mungguh sangêt, malah manawi wontên tiyang gadhah damêl botên ngangge sinjang taruntum wau dipun wastani anèh. Kajawi makatên, ugi kangge titikan, manawi wontên tiyang ngangge sinjang taruntum, punika dipun wastani tiyang mêntas gadhah damêl.

[Grafik]

Mênggah kajênging tiyang gadhah damêl mantu ngangge sinjang taruntum punika, kêtêlah saking mêndhêt sawab minôngka pamuji, taruntum punika têgêsipun: pradapa. Dados ing pangajêng-ajêng tumrap pangantèn ingkang nêmbe kadhaupakên sagêda thukul saha gêsang sakeca.

--- [557] ---

Ôngka 37, Stu Pa, 7 Mulud, Jimawal 1869, 7 Mèi 1938, Taun XIII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt - Pajagèn Bêbaya ing Gagana - Lotre - Postspaarbank - Aksara Gêndhing - Kawontênan ing Sêpanyol - Wiraosan Sêrat - Andhap-asor Unggul Wêkasane - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman bocah.

Pangungsêt

Lêpat punika dados margining lêrês

Wontên pangandikanipun tiyang sêpuh: wong kang arêp wêruh ing bênêr, iku kudu ngambah ing luput.

Têtêmbungan ingkang kados makatên wau, manawi dipun tampi lômba, tiyang lajêng dhangan kemawon anglampahi dhatêng kalêpatan, malah kêladukipun angugêmi bilih tiyang punika tamtu anglampahi lêpat, botên sagêd badhe selak malih.

Kêkajêngan ingkang kados makatên punika inggih sampun lêrês, namung kajêngipun wontên warni kalih, 1 têtêp anggènipun ngrumaosi bilih tiyang punika pangawak apês, saha badhe apês ing salami-laminipun. 2 Apêsipun wau lajêng dipun sambêti panalôngsa. Dene panalôngsa wau ingkang atêgês sumêrêp yêktos dhatêng kalêpatanipun. Dados tiyang badhe sumêrêp ing lêrês kêdah ngambah dhatêng lêpat, punika sumêrêp yêktos bilih lêpat punika manawi dipun ambah, badhe nyimpang saking lêrês, kajêngipun sampun sok dipun ambah. Ing ngriki lajêng kêtingal wontên sêsulakipun sakêdhik, manawi suda anggèning ngambah lêpat, punika inggih lajêng suda anggèning apês.

Raos ingkang kados makatên wau lugunipun angèl dipun gagapi. Wontên dêdongengan ingkang suraosipun kenging kangge têtimbangan dhatêng minggah mandhaping pangraos, upaminipun, pun: ha, mastani: tiyang anglampahi mandung, punika manawi angsal-angsalanipun kangge mitulungi tiyang, botên nama awon. Pun: na, mastani awon, awit punika têtêp nama mandung. Muluring rêmbag bab kados makatên punika tamtu lajêng ungkul-ingungkulan, sami matonipun.

Bab makatên punika tumrapipun tiyang andandosi kabatosan, gêgambaran wau kêdah dipun sarira piyambak, botên namung badhe mêndhêt gêgambaraning liyan. Nyataning awon sae tumraping mandung punika kadospundi. Manawi panyuraosipun nyata pinanggih, inggih namung sairib kemawon kalihan suraos ing nginggil, anggèning ngambah awon wau akajêng badhe sèlèh dhatêng sae. Nanging manawi nyata wontên sae ingkang botên mawi ngambah awon, punika sasampuning sumêrêp awon, sampun sok dipun ambah. Manawi nyata makatên, kasaenanipun wau sawêg kangge sangu ngambah lêrês. Cara luconing tiyang numpak kreta: têrus: sir.

Cêkruktruna.

--- 558 ---

Pajagèn Bêbaya Ing Gagana.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 35.

Lewisiet,

Lewisiet, ingkang manggih kapisan bôngsa Amerikah, Propesor Lewes, wontên ing wêkasaning pêrang agêng 1914-1918, dados dèrèng dipun wêdalakên ing pêpêrangan. Para sagêd ing Amerikah rumiyin ngintên manawi Lewisiet punika ampuhipun langkung-langkung saking mosterdgas, mila dipun damêl wados sangêt. Sumêbaripun Lewisiet sarêng bôngsa Inggris ing taun 1921 anggiyarakên bab gas punika. Ugi bôngsa Jêrman ingkang sagêd andamêl mosterdgas (sadèrèngipun lewisiet), ing wêkdal punika sampun sumêrêp dhatêng lewisiet.

[Grafik]

Jampi-jampi, pêrban-pêrban lan sanès-sanèsipun.

Tumanjanipun lewisiet mèh kados mosterdgas, ugi sagêd anêmbusakên pangangge, namung ampuhipun kirang saking mosterdgas. Bedanipun kalihan mosterdgas, tiyang ingkang kenging lajêng tumuntên kraos.

Lewisiet ingkang taksih awarni toya, manawi ngèngingi kulit kraos pating trêncêm lan sasampunipun 10 mênit kulit ingkang kenging dados abrit. Salajêngipun kulit wau sasampunipun 10-15 jam pating plênthung. Plênthungan wau gampil pêcahipun.

Gas sanèsipun botên prêlu dipun andharakên malih, awit dayanipun botên anglangkungi gas kêkalih punika.

Pêpèngêt kangge gas-gas bôngsa mosterdgas.

1. Manawi wontên gas dhatêng kados ingkang sampun kasêbut ing nginggil, rai dipun tutupi mawi montên têlês supados gas sampun ngantos kasêrot ing irung lan cangkêm lan ngèngingi mripat.

2. Sampun pisan-pisan ngambah panggenan ingkang wontên mosterdgas-ipun, manawi gas wau dèrèng dipun tawar (punika kangge tiyang ingkang dèrèng kenging gas).

3. Sandhangan ingkang kenging gas dipun bikak lan dipun pêndhêm.

Pitulungan kapisan.

1. Adus mawi toya angêt lan sabunan rambah-rambah, manawi sagêd mawi sabun ijêm (groene zeep) utawi zeep-spiritus. Ugi kulit kenging dipun gosok alkohol. Punika sampun kathah pitulunganipun.

2. Manawi wontên, ingkang kangge nawarakên

--- 559 ---

mosterdgas inggih punika: caporiet (triseptol). Caporiet manawi kacampurakên mosterdgas umob, mila namung kangge damêl rêrêsik siti, sandhangan, pirantos lan sanès-sanèsipun.

Kangge ngrêsiki kulit (kangge wêdhakan) mawi campuran: 1 bagean caporiet lan 2 bagean awu magnesium. Manawi tiyang kenging mosterdgas, panggenan ingkang kenging tumuntên dipun wêdhaki, ing têmbe dipun dusi kados ing bab sapisan.

3. Irung lan cangkêm dumugi têlak dipun rêsiki mawi dubbelkoolzuure soda 20%, hypermangaan oplossing 1/4000, bicarbonas natricus 2%.

Mripat dipun rêsiki mawi boorwater, bicarbonas natricus 2%.

Pratelan jampi-jampi, pêrban-pêrban lan sanès-sanèsipun, ingkang maligi kangge panulak bêbaya ing gagana, saha ingkang prêlu kasadhiyakakên ing sabên griya. Kaimpun dening panjênênganipun Tuwan Dr. P. Peverelli, Hoofd Gemeentelijke Gezondheidsdienst Bêtawi, ngrangkêp Commissaris Transportwezen roode Kruis Bêtawi.

1. Tumrap tatu enggal.

a. Snelverband No. 1-2-3.

b. Hydrophile windsels.

c. Dhus isi gas ingkang steriel.

d. Pêrban kacu mojok tiga (driekante doeken) kapuk pêthak (ontvette watten).

e. Pleister, dom canthelan gunting.

f. Dhus isi dermatolpoeder.

2. Jampi mripat.

a. Boorwater 3%.

b. Bicarbonas natricus oplossing 2%.

[Iklan]

3. Jampi kangge gorokan

a. Waterstof peroxyde 3%.

b. Kaliumpermanganaat 1/4000.

c. Bicarbonas natricus oplossing 2%.

4. Tumrap bêbaya mosterdgas.

a. Caporiet 1 bagean kacampur mawi magnesia 2 bagean (kangge panjagining kulit).

b. Caporiet 3 bagean kaêjèr mawi toya 1 bagean (kangge samukawis).

c. Caporiet (chloorkalk) kasêbar ing siti, sabên 10 m² cêkap 1 kg.

d. Chlooramine oplossing 1% (kangge ngomprès tatu).

5. Tumrap gas ingkang nuwuhakên wahing.

a. Caporiet kaêsokan cokak sakêdhik (uwabibun dipun sêrot ing irung).

--- 560 ---

b. Aspirine tabletten.

6. Tatu kobong jalaran phosphor. Bicarbonas natricus-oplossing 5% (kangge ngomprès).

7. Tatu kobong thermiet lan electron. Oplossing picrinezuur 1% (kangge ngomprès).

8. Tatu kobong sanèsipun. Vaseline ingkang steriel.

9. Jampi kangge nêlêsi klambu, srêbèt, taplak, kêmul, lan sanès-sanèsipun. (Barang-barang punika kangge nutupi lawang, jêndhela lan bolongan sanèsipun, supados gas-gas racun sampun lumêbêt ing griya lan panggenan kangge ngumpêt).

(Neutraliseerende vloeistof).

Jèr-jeran: soda-kristal sabên 200 gram kaêjèr ing toya 1 litêr, utawi jèr-jeran: sarêm limrah, sabên 60 gram kaêjèr ing toya 1 litêr.

R. Pringgadiharja, Leider gas sectie G.G.D. bat.

LOTERIJ AGÊNG

Lotêrij agêng ingkang babathènipun kangge Pakêmpalan Muhammadiyah lan sanès-sanèsipun, ingkang sampun kagêbag ing Bêtawi nalika tanggal 29 April kapêngkêr punika.

Satunggal prijs ingkang f 75.000.-: No. 14198

Satunggal prijs ingkang f 15.000.-: No. 15452

Kalih prijs ingkang f 5.000.-: No. 19552 tuwin No. 31588

20 Prijs ingkang f 1.000.-

[Grafik]

50 Prijs ingkang f 500.-

[Grafik]

300 Prijs ingkang f 100.-

[Grafik]

Java Bode

--- 561 ---

Postspaarbank Badhe Mèngêti Adêgipun Sampun 40 Taun.

Benjing tanggal 1 Juli ngajêng punika, adêging Postspaarbank sampun 40 taun. Ing dintên wau dhirèksining Postspaarbank badhe ngêdalakên buku pèngêtan.

[Grafik]

Gêdhong kantor agêng Postspaarbank ing Molenvliet Batawi, dipun sawang saking ngajêngan.

Kawontênanipun Postspaarbank punika pinanggih saya majêng, saya dangu saya dipun sumêrêpi ing tiyang kathah. Majêngipun wau botên sanès saking rekadayanipun Postspaarbank anggèning ngawontênakên propagandhah ingkang sagêd nênangi dhatêng ngakathah, lajêng sami purun tumindak gêmi. Caraning tumindakipun, tiyang punika sampun ngantos nêlasakên pamêdalipun, wontêna saperangan ingkang dipun cèlèngi, kangge jagi-jagi manawi wontên prêlu ingkang dhatêngipun botên kinintên, upaminipun sakit, agêngipun kêpêjahan, makatên ugi kangge jagi-jagi samôngsa sampun sêpuh, badan sampun botên kiyat kangge tumindak ing damêl malih.

Kajawi punika, dangu-dangu têtiyang sami pitados dhatêng santosanipun nyimpên arta wontên ing Postspaarbank, amargi arta ingkang sumimpên punika kawilujênganipun dipun tanggêl ing gupêrmèn.

Dene bab tumindaking arta ingkang tumitip, para maos kêrêp nguningani ingkang sabên-sabên dipun pacak ing Kajawèn.

[Grafik]

Ing salêbêting gêdhong Postspaarbank, papanipun kobèt, nyênêngakên.

--- 562 ---

Kagunan Jawi

Aksara gêndhing

Ingkang dipun wastani aksara gêndhing punika panganggenipun sami kemawon kalihan aksara ingkang tumrap basa, inggih punika sami kangge têngêring suwara. Manawi aksara basa kangge têngêr ambedakakên kêdaling pakêcapan, manawi aksara gêndhing kangge ambedakakên agêng aliting suwara laras wilahaning gamêlan. Ingkang sampun kêlimrah ing jaman sapunika aksara gêndhing wau dipun wujudakên ôngka, miturut namaning wilahan ing laras slendro kalihan laras pelog, inggih punika ing laras slendro namung wontên gangsal aksara, ingkang tumrap laras pelog namung wontên pitung aksara. Namaning wilahan laras slendro gangsal warni wau dipun wastani, panunggul, gulu, dhadha utawi têngah, gangsal (lima) nêm. Ingkang panunggul dipun wujudakên ôngka 1, ingkang gulu ôngka 2, têngah ôngka 3, gangsal ôngka 5, nêm ôngka 6, dene namaning wilahan laras pelog, ingkang panunggul ugi kawujudakên ôngka 1, ingkang gulu ugi ôngka 2, têngah ôngka 3, wilahan ingkang nama pelog, kawujudakên ôngka 4, gangsal ôngka 5, nêm ôngka 6, barang ôngka 7. Uruting suwara wilahaning gamêlan kalih golongan wau saking wilahan panunggul (ôngka 1) lumampah manêngên, dados saking agêng dhatêng alit. Ananging sarèhning lêlagoning gêndhing punika ingkang kathah mawi ngambah suwara agêng utawi alit, mila inggih lajêng dipun wêwahi têngêring suwara agêng kalihan alit, inggih punika sadaya ôngka ingkang mawi cêcêg ngandhap, nandhakakên agêng, manawi mawi cêcêg nginggil nandhakakên alit. Dados satunggal ôngka wau sagêd kangge tigang suwara, inggih punika upaminipun, ôngka satunggal mawi cêcêg ngandhap suwaranipun agêng, lajêng ôngka satunggal ingkang tanpa cêcêg, suwaranipun dipun wastani cêkapan, ingkang mawi cêcêg nginggil suwaranipun alit, wondene agêng cêkapan, alit punika suwaranipun dipun wastani gêmbyang (nunggil raos).

Sanadyan uruting wilahan laras pelog punika wontên warni pitu, ananging manawi dipun ungêlakên ing lesan miturut turuting raos, saking suwara agêng dhatêng alit, utawi saking alit dhatêng agêng, ingkang kangge ugi namung gangsal suwara. Sabab panganggening wilahan pelog (ôngka 4) kalihan panganggening wilahan barang (ôngka 7) wau, ingkang wilahan pelog kangge lintuning wilahan têngah (ôngka 3) utawi wilahan gangsal. Makatên ugi panganggening wilahan barang namung kangge lintuning wilahan panunggul.

Uruting wilahan laras pelog punika manawi sampun kadhapuk dados ukaraning gêndhing, inggih asring dipun angge sadaya, ananging panganggenipun, saupami wontên laguning gêndhing ingkang nuthuk wilahan têngah, môngka lajêng nuthuk wilahan pelog (ôngka 4) punika manawi badhe lumampah nuthuk wilahan sanginggilipun (ingkang langkung alit) ta-

--- 563 ---

[Iklan]

mtu nglumpati wilahan gangsal. Makatên ugi manawi saking alit dhatêng agêng, saupami lagoning gêndhing wau nuthuk wilahan gangsal môngka lajêng nuthuk wilahan pelog, manawi badhe lumampah ngagêng, tamtu nglangkahi wilahan têngah, dados panganggening wilahan pelog punika namung kangge linta-lintuning wilahan têngah utawi wilahan gangsal. Dene wilahan barang (ôngka 7) namung mligi kangge lintuning wilahan panunggul. Wondene bedaning laras slendro kalihan laras pelog punika miturut tutupaning driji dhatêng kawating rêbab, tumrap ing laras slendro, godhaging panutup katingal turut, manawi laras pelog, godhaging panutup botên turut, ing ngriki kula ngaturi gambaran uruting godhagan ingkang tumrap laras slendro kalihan pelog. Pandamêl kula, kula urutakên saking kiwa manêngên (saking suwara agêng dhatêng alit) uruting godhagan laras slendro:

[Notasi]

godhaganing laras pelog:

[Notasi]

godhaganing laras pelog barang:

[Notasi]

godhaganing laras pelog jangkêp

[Notasi]

Badhe kasambêtan

Kodrat, Batawi Sèntrum.

--- 564 ---

[Grafik]

Kawontênan ing Sêpanyol

Para maos kados botên kêkilapan dhatêng kawontênan ing Sêpanyol. Ing ngriki prêlu ngêwrat gambar-gambaripun, supados kauningan ing para maos.

Gambar nginggil sisih kiwa: kitha Barcelona sasampuning kadhawahan bom tuwin untabing golongan Roode Kruis tumindak têtulung. Sisih têngên: karisakan ing salêbêtipun kitha ingkang langkung cêtha. Ngandhap piyambak, untaping têtiyang ingkang sami ngili.

--- 565 ---

Wiraosan Sêrat

Sambêtipun Kajawèn nomêr 36

Sawêg ambiyaki kemawon, rumaos kula sampun manggihi têmbung-têmbung ingkang mlèsèd anggènipun anjarwani, dados botên kagêpok wosing têgêsipun, kados ta:

Ali-ali tamengan, dipun jarwani: zegelring = ali-ali kanggo ngêcap tôndha asma. Sasumêrêp kula yèn cara Ngayogyakarta ali-ali tamengan punika sêsupe ingkang cakriking pasrènipun sawarni tamèng, kajawi punika kula dèrèng nate mirêng supe cap (zegelring) dipun wastani supe tamengan. Miturut pangandikanipun priyantun saking Surakarta ingkang undhagi ingatasing basa lan kasusastran Jawi (doctor Oostersche letteren ingkang kacathêt kapunjulanipun) tumraping Surakarta bab punika botên wontên bedanipun kalihan ing Ngayogyakarta.

Sandhung jêkluk tiba kabruk. Dipun jarwani: (plotseling) het te pakken hebben (iz. Verliefdheid) punika cara Jawinipun kirang langkung: dumadakan kataman bangêt (khususe kanggo wong kang kataman ing asmara). Punika saking pamanggih kula babarpisan malèsèd anggènipun anjarwani. Wontên ungêl-ungêlan: sandhung jêkluk sambate Jaka Tingkir. Tiba kabruk: Jaka Tingkir. Wahing: Jaka Tingkir. Watuk: Jaka Tingkir. Punika têgêsipun: Jaka Tingkir dados sêkar lathi, het is Jakatingkir voor en Jakatingkir na. Swargi Sang Cato punika sadhung jêkluk pangandikanipun: kartago kudu dirêmuk. Heeft Cato plotseling een zwere verliefdheid te pakken voor de verwoesting van Carthago?

Ngêmping lara anggenjah pati, dipun jarwani: zich als getroosten (om zijn doel te bereiken) = (kirang langkung) lara pati diêtohake supaya katêkan sêdyane. Punika ugi mlèsèd, mêsthinipun: anjarag golèk lara lan golèk mati kang tanpa dunung = prasasat nglalu = opzettelijk noodeloos zijn leven wagen, net zoo goed als zelfmoord plegen. (Ngêmping lara = anjaluk êmpingan lara, anggenjah pati = anggege pati sadurunging môngsa).

Mandi, dipun jarwani: krachtig, scherp, vinnig = rosa, landhêp, pêdhês. Punika mlèsèd malih, mêsthinipun: ampuh, andayani = effect sorteeren. Kathah kemawon ginêm ingkang kêras, landhêp, pêdhês, nanging botên mandi, kosokwangsulipun: wontên ugi wicara ingkang manis arum, nanging mandi.

Dipêngkokake, dipun jarwani: gestuit = diêndhêgake, dipalangi. Punika mlèsèd malih, mêsthinipun: dipun pèpètakên (letterlijk) = in het nauw drijven. Entar: dipun wêlèhakên ingkang ngantos kalingsêman = op beschamende wijze op zijn nummer zetten, schaakmat zetten.

Disampluk. Dipun jarwani: een slag, veeg over het gezicht krijgen (met stok, rug van de hand enz) punika radi kèwêdan anggèn kula badhe anjawèkakên, slag utawi veeg punika têgêsipun: gêpokan ingkang sawatawis sora. Jarwanipun punika saking pamanggih kula mlèsèd malih. Kêsampluk punika têgêsipun kasabêt ing barang [ba...]

--- 566 ---

[...rang] kakên ingkang mobat-mabit = door een zwaaiende beweging van een hard en stomp voorwerp getroffen. Yèn barangipun botên mobat-mabit, botên kenging kawastanan kêsampluk. Yèn barangipun wau alit lan lêmês, lajêng botên nama kasampluk, nanging kasabêt.

Atut (atut-runtut), dipun jarwani: het (reeds) goed samen kunnen vinden (jonggehuwden) = wis bisa rukun (pangantèn anyar), punika ugi mlèsèd. Mêsthinipun kêdah kabedak-bedakakên: atut lan atut-runtut. Atut-runtut punika têgêsipun: rukun, botên cêcongkrahan, nanging: atut (tumraping pangantèn enggal) punika atêgês: sampun sae, sampun carêm = reeds vleeschelijke gemeenschap met elkaar hebben. Katandhingna têmbung: ''patutan''.

Kados sampun cêkap kula punggêl samantên kemawon pratelaning têmbung-têmbung ingkang mlèsèd anggènipun anjarwani.

Kajawi mlèsèdipun anggène anjarwani, kados têksih wontên malih kuciwanipun, inggih punika kêkiranganing têmbung-têmbung ingkang dipun jarwani, kados ta:

Namaning para dewa lan para satriya ingkang dados pokoking lêlampahan ing pawayangan botên kawrat ing sêrat punika, makatên ugi namaning kêrtu.

Têmbung angguran ingkang atêgês: tiyang ingkang botên sagêd angsal padamêlan (werkloozen) ugi botên kawrat. Makatên ugi têmbung-têmbung:

Basuki.

Samparwangke. (gev. Tumraping Cilacap) tunggil têgês kalihan: sandhung watang.

Ngilani, ingkang atêgês angina kasagêdaning tiyang.

Kêsamplak, ingkang tunggil têgês kalihan kêsampluk, namung kaot barangipun radi panjang, ect.

Miturut hukumipun Drs. Melema mêratsêrat. Bausastra Pigeaud punika dados têtugu ing margining pasinaon basa Jawi, sarta dipun antu-antu 60 taun laminipun.

Badhe kasambêtan.

Kandhiyur.

Gambar R.A. Kartini

Redhaksi Kajawèn sampun nampèni gambaripun R.A. Kartini 2 iji, saking toko buku Pustaka Nasional ing papilyun, G.N.I. Surabaya. Gambar wau beda kalihan gambar ingkang sampun kêlimrah. Gambar punika wujud mawi ukêl agêng rinêngga ing sêkar. Pangêcaping gambar punika wontên ing plui, nanging dlancangipun kandêl tuwin gilap, saupami dipun plangkani inggih sae, kenging kangge rêrênggan tembok, rêginipun satunggal iji namung f 0.05, manawi mundhut ngantos 50 angsal sudan 20%. Para putri pantês angrimat gambar punika.

Redhaksi Kajawèn ngaturakên gênging panuwun.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan No. 2909. Ing pariwara No. 9 wontên ungêl-ungêlan: jawaban kêdah namung dipun kintunakên kados sêrat. Jawaban ing kaca (kados pigura), kajêng, sutra utawi barang sanèsipun dalancang botên kangge. Punika pikajêngipun: sadaya jawabaning cangkriman wau kêdah kasêrat utawi katèmplèkakên ing krêtas, dados kadosdene sêrat limrah, botên kenging kasêrat utawi katèmplèkakên ing kaca, kajêng, sutra utawi barang sanèsipun krêtas. Awit wontên sawênèhing tiyang ambadhe cangkriman wau kasêrat wontên ing kaca, kajêng utawi sutra, sae sangêt, nanging punika botên kangge. Kawuningana.

--- 567 ---

Rêmbagipun: Petruk lan Garèng.

Andhap-asor unggul wêkasane

III.

Petruk : Rungokna manèh, Kang Garèng, tak banjurne andharanaku. Dadi mungguhing wong sugih, patrape nyang uwong urmat, nganggo mêndhêg-mêndhêg, nèk caturan iya ora lali anggone: hehak-hèhèk, mringas-mringis barang kae, nanging mringas-mringis ora arêp nyokot, utawa ora arêp mamèrake untune sing kinclong, nanging mringas-mringis jalaran saka rêsêpe patrape nyang uwong, lo, sing kaya ngene kiyi kêna diunèkake: wong sugih kang andêmênakake lan wong sugih kang ngrêti tatakrama, nanging durung karuwan yèn kêna ditêtêpake aran: wong sugih kang andhap-asor.

Garèng : Wèh, Truk, omongmu kuwi mau aku kok ora pati mathuk, dhing, lo, sêmono kuwi yèn aku ginanjar dadi wong sugih. Yèn aku dadi wong sugih, wis mêsthi bae yèn patrapku nyang uwong kudu sing ngrêsêpake, nanging iya wong sapa, sèh. Mêsthine iya nyang ndara wêdana upamane utawa nyang tuwan komisaris pulisi, prêlune cikbèn aja ngêngèl-êngèl uripku. Banjur nyang bangsane adpokat, prêlune yèn aku kêna ing prakara, dadi gampang anggonku arêp minta sraya. Tumrap wong-wong iki rêsêping patrapku mêsthi tak gawe luwar biyasah, malah sabisa-bisa kudu tak sobat kêras. Awit saora-orane wong isih jênêng manusa, mêsthine iya isih ana bae sing anggêdhèkake: sobat katimbang sêtatsêblat. Nanging yèn banjur kudu rêsêp karo sauwong-uwonge, wah, cilaka, Truk, ora wurung ditêmbungi utang têrus-têrusan.

Petruk : Tujune kowe ora sugih, Kang Garèng. Iya wong sugih sing kaya ngono kuwi sing pantês diarani: mangeran nyang dhuwit. Saka anggone: dhêmên, bêkti lan ngaji-aji nyang bêndara gusti dhuwit, lumrahe wong sing kaya ngono kuwi, yèn kabênêr nyang buri kok wêruh kêdhêle, iya banjur dicuthiki, awit, iki jarene iya: dhuwit, Kang Garèng. Wis, wis, Kang Garèng, saiki tak andharne wong sugih sing pantês diarani: andhap-asor kuwi. Yaiku wong sugih sing ngrumasani apês nyang Gusti mau. Dadi iya wong sugih kang ngrumasani, yèn kabèh kang kumêlip ana ing donya iki Gusti kang kagungan, mulane iya banjur ngrumasani, yèn kasugihane mau iya kagungane Gusti, nanging saikine digadhuhake nyang awake. Ing sarèhne ngrumasani mung digadhuhi bae, mêsthine dhawuhing Gusti iya tansah diturut kanthi sênênging ati, apa dhawuhe Gusti kuwi, yaiku: jakat pitrah, driyah, dhêmên tulung nyang sapadhaning umat, lan sapiturute. Yèn kabèh iki dituruti kanthi têmên-têmên, apa iya ora slamêt, awit, uwong sing arêp angaru-biru, gêdhene arêp ngalani, mêsthine iya ora têgêl, ora kolu, jarene: eman-eman, wong bêcike ora jamak. Ing sakawit [sakawi...]

--- 568 ---

[...t] mung eman bae, nanging suwe-suwe uwong-uwong rak padha ngaji-aji. Mara, apa pungkasane ora banjur luhur. Iya pratingkahe wong sugih sing kaya ngono kuwi, yaiku: saka ngrumasani apês nyang Gusti mau, banjur urmat, dhêmên, asih, lan sapiturute, nyang sapadhaning titah, kang pantês diarani: andhap-asor luhur wêkasane mau.

[Grafik]

Garèng : Dadi pathokane ing kono kudu ngrumasani apês tumrape Gusti. Nèk kanggone wong sugih, pancène iya ora pati ngrêkasa, awit dhuwite wong iya turah-turèh. Hla nèk wong kaya saaku iki, sing pamêtune mung-mungan, apa iya ora rêkasa bangêt, sing kêrêp malah mung kudu muring-muring nyang Gusti bae. Kaya ta: sênêng-sênêng olèh bêbathèn sêpuluh rupiyah upamane, dumadakan anak lara, kang banjur kapêksa kudu ngundang dhoktêr, tuku tômba, nganti bêbathène sing sêpuluh rupiyah banjur amblas, ora mèlu mangan sarini-rinia.

Petruk : Lho, yèn lagi ginanjar kaya ngono kuwi kowe kudu migunakake têmbung: tujune. Tujune olèh bêbathèn sêpuluh rupiyah, ajaa rak ora bisa mragadi anakku sing lara.

Garèng : Saupama dilêpas saka pagaweyane, kang sabanjure bakal urip rêkasa, apa iya dikon muni tujune.

Petruk : Haiya, ta, Kang Garèng, tujune aku dilêpas saka pagaweyanaku, dadi sabanjure aku ora tau disêntak-sêntak manèh dening lurahku.

Garèng : Dadi saupama kapatèn bojomu, apa iya banjur kudu muni: tujune bojoku mati, dadi aku bisa rabi manèh. Sasat ane.

Petruk : Lho, aja kaliru tômpa, Kang Garèng, kuwi karêpe mangkene: wong ngrumasani apês tumrape Pangeran, lan ngrumasani kabèh iki kagunganing Gusti. Sarta apa sing nyang uwong kuwi kabèh mung digadhuhake bae. Dadi yèn tiba wêktune dipundhut bali dening ingkang kagungan, kudu sing rila, aja banjur ngênês lan anglalu, iki ora bêcik wusanane, Kang Garèng.

Garèng : Iya wis, Truk, saiki banjurna manèh andharanamu ing bab andhap-asor unggul wêkasane mau.

Petruk : Yèn anduwèni pangkat sing sahohah lan balônja sathekruk, aja kêmratu-ratu, têgêse: aja nganggêp wong sing dudu sajajare [sajajar...]

--- 569 ---

[...e] kayadene gêdibal bae, yèn wong sosorane manganggo rada brêgas sawatara, kuwatir yèn dipadhani, banjur mlerok bênggala.

Garèng : Iki gênah wong apangkat luhur kang ala dhapure. Sosorane kudu amênganggo kang sarwa ora ambêjaji, prêlune: wujude mênang ala kae, anggêre panganggone mênang brêgas, dadi mêksa isih bisa: mêthènthèng.

Petruk : Wiyah, ambok aja guru anyambung rêmbug dhisik. Aku tak nêrangake dhisik anane pangkat luhur kang nganggêp wong kang dudu sajajare kayadene gêdibal bae, kajaba moh kungkulan panganggone, yèn diadhêpi wong sosorane kang basane kurang jangkêp, sêmbahe kurang nrithil, banjur mlengos, sabab dianggêp wong dêgsura.

Garèng : Yah, rak iya wis mêsthine, ta Truk, wong sing ngadhêpi kuwi dudu sêpadhane, sabab panjênêngane rak putra wayahe ndara malaekat, ta, nanging rumaose ...

Petruk : Yak, ambok aja andalodog mêngkono, iya ora ana wong kang ngrumasani putra wayahe malaekat kuwi. Ora, Kang Garèng, pangkat luhur sing duwe tindak mangkono kuwi, sing sabanjure sawênang-wênang lan sawiyah-sawiyah marang bawahane, lo, kuwi rak sing ora ngrumaosi apês tumraping Gusti. Kosokbaline rumaose: sajêge nyêkêl kuwasa, abôndha-abandhu, ora bisa dhongkolan, ora bisa jêmpo, malah rumaose: kirun wanakirun bae wêdi nyang salirane. Hla, iki pangkat luhur sing ora kadunungan andhap-asor saithik-ithika. Pangkat luhur kang andhap-asor kang mêsthi luhur wêkasane kuwi, iya pangkat luhur sing kagungan rumaos apês tumrap Gustine mau. Dadi iya ngrumaosi, yèn pangkate sing anjênggarang, gêdhe panguwasane lan sathekruk balanjane, kuwi mung gadhuhan bae, sesuk utawa êmbèn pangkate mau bisa dijabêl karo Ingkang Kuwasa. Mulane iya ora wani nyang sapadha-padha arêp siya-siya, sawiyah-wiyah, utawa sawênang-wênang, nanging nganggêp sauwong-uwonge iya titahing Gusti uga.

Garèng : Dadi karêpmu, wong dadi pangkat luhur tur kuwasa kuwi, kudu sing sumèh, sing andêmênakake, sing trèsèh, cêkake sing bisa ngrêsêpake uwong. Aku ora cocog, Truk, mêngko rak kalakon ora kajèn têmênan, nèk wis ora kajèn, dayane nyang wong bawahe iya banjur pêrlop, nèk wis pêrlop dayane, mêsthine pagaweyane iya: bisae. Mara, andak iya bêcik, ta, saupama ana wong andhapan kêtêmu karo panggêdhene banjur wani ambêngoki mangkene: en tuwan bêsar ... apah kabar.

Petruk : Yah, apa sugih utang, nganti ana wong wani ambêngoki mêngkono. Kang Garèng, têgêse: patrape nyang uwong andêmênakake, ngrêsêpake, ora kok banjur karo sadhengah uwong arêp rangkul-rangkulan, utawa ngajak lim-liman mêngkono. Nanging rak bisa bae nindakake patrape nyang uwong kanthi andêmênakake, tanpa ngasorake kaluhurane drajate. [drajate...]

--- 570 ---

[....]

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

[Grafik]

Prof. Dr. R.A. Hoesein Djajadiningrat sampun 25 taun jumênêng Doktor. Ing tanggal 3 Mèi punika paduka Prof. R.A. Hoesein Djajadiningrat, warga Raad Indiya anggèning jumênêng Doktor sampun 25 taun. Anggèning angsal sêsêbutan Doktor punika wontên ing Leiden. Ing sakawit paduka Prof. Dr. R.A. Hoesein Djajadiningrat wontênipun ing tanah ngriki dados amtênaar babagan mahamakên basa-basa ingkang wontên ing tanah ngriki, wusana lajêng kaangkat dados Adjunct-Adviseur voor Inl. Zaken, ing taun 1924 jumênêng Prof. ing R.H.S.

Ing taun 1935 jumênêng warga Raad Indiya. Kathah buku karangan-karangan ingkang kawêdalakên, kados ta Aceh-Nederlandsch Woordenboek. Buku ing basa Mêlayu tuwin kasusastran, Moehammedaansche recht, Sêjarah Tanah Indiya, De Moehammedaansche wet en het geestesleven der Indonesische Mohammedanen, De Magische achtergrond van de Maleische pantun tuwin sanès-sanèsipun. Paduka Prof. Dr. R.A. Hoesein Djajadiningrat punika ingkang ngadani adêgipun Java-Istituut, tuwin pantês pinèngêtan anggèning wontên ing Koninklijk Bataviaasch Genootschap kathah kawigatosanipun.

Botên langkung redactie Kajawèn ugi andhèrèk mêmuji ing kasugêngan, sampun kirang satunggal punapa.

Veldmaarschalk Von Blomberg wontên ing tanah ngriki. Kapal Huygens ingkang dhatêng ing Tanjung Priok saking Eropa, dipun titihi Veldmaarschalk Von Blomberg, ingkang kala rawuhipun wau mangagêm pangagêman sport, nanging kala punika panjênênganipun namung pratela bilih anggèning rawuh ingriki punika namung lêlana sabibar krama, salajêngipun badhe anjajah tanah Jawi. Ing salêbêtipun wontên ing tanah ngriki rumaos rêna ing panggalih. Ing salajêngipun wangsulipun dhatêng Eropa inggih nitih kapal Huygens malih.

Pabrik prabot panyêratan. Ing Bêtawi badhe wontên ingkang ngêdêgakên pabrik prabot panyêratan ingkang kantoripun agêng manggèn ing Apeldoorn, gadhahanipun N.V. Talens en Zoom. Ing pabrik wau mawi dipun wontêni kantoran directie, administratie tuwin laboratorium. Kintên-kintên pabrik wau tumuntên ngadêg.

Kawratanipun para tukang sêpatu. Badhe adêging pabrik sêpatu Bata, tansah damêl kasamaranipun para tukang sêpatu, sanadyan para tukang sêpatu wau sampun angsal katrangan warni-warni supados botên nyamarakên, nanging mêksa botên damêl pamarêm. Ing salajêngipun para tukang sêpatu sami ngaturakên sêrat paturan dhatêng Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana nyuwun pangayoman ing bab punika.

Pakaryan babagan Kasarasan ngawontênakên conferentie. Pakaryan babagan Kasarasan mêntas ngawontênakên conferentie ingkang dipun pangajêngi Dr. Offringa. Ingkang karêmbag: 1 badhe nindakakên rêrigên ing bab kasarasan kanthi yêyêktosan. 2 masrahsakên têtanggêlan Praja babagan Pakaryan Kasarasan dhatêng raad-raad. 3 migatosakên ing bab wontênipun toko-toko jampi. 4 pangupakara babagan kadhoktêran ing papan paboyongan. 5 nyirnakakên bab sêsakit pathèk.

Boyongan saking Madura dhatêng Borneo. Sampun sawatawis dintên kêlampahan wontên têtiyang saking Sumênêp 26 somah 20 saking Pamêkasan tuwin 30 saking Bangkalan. Sadaya wau sami boyongan dhatêng Martapura, Borneo. Ing sadumuginipun Borneo ing salêbêtipun 15 dintên kapurih damêl griya alit-alit, kangge papan panggenanipun piyambak-piyambak. Sasampunipun makatên lajêng kapurih anggarap pasitèn cacah pitung kothak manut ukuran ingkang sampun dipun tamtokakên, pasitèn wau minangka pakaranganipun, supados dipun tanêmi bangsaning jêjanganan ingkang tumuntên kenging dipun pêthik, kados ta lombok sapanunggilanipun. Sasampunipun rampung panggarapipun sadaya wau lajêng tampi pasitèn sabên tiyang satunggal tigang bau, warni sabin, kangge nanêm pantun, jagung tuwin sanès-sanèsipun, pasitèn wau kantun maculi kemawon, lamining panggarap 2½ wulan. Salêbêtipun anggarap wau angsal pitulungan arta tuwin sanès-sanèsipun saking ingkang wajib, punapadene pirantos nyambutdamêl. Ing sasampunipun punika sawêg wiwit tumindak ing damêl piyambak.

Ukuman ingkang gunggungipun kathah. Benggoling durjana nama Alijas ing Bogor ingkang misuwur gadhah tindak awon, sampun kêcêpêng saha sampun karampungan prakawisipun. Jalaran saking kathahing prakawisipun, gunggunging ukuman ngantos 51 taun.

Dhatênging bangsa Tionghwa ing tanah ngriki saya suda. Sampun sawatawis wulan ing tanah ngriki kathah bangsa Tionghwa ingkang sami dhatêng, pêrlu sami badhe pados panggêsangan, amargi kawontênanipun ingrika sawêg ura-uru sangêt. Nanging ing sapunika pinanggih sampun suda sangêt, nandhakakên bilih kawontênan ing Tiongkok sampun ewah tinimbang kala ingajêng.

Lampah anggêgana saking tanah ngriki dhatêng Australie. Lampahing motor mabur K.L.M. saking tanah ngriki dhatêng Australie tumindaking sambêtan lampah wontên ing Surabaya têrus dhatêng Bali, sipêng ingriku salajêngipun bidhal dhatêng Darwin mampir Kupang salajêngipun dhatêng Australie.

Babagan guru. Tira, Inl. Hulponderwijzer, katêtêpakên wontên ing vervolgschool ing Blimbing, Jombang.

Tatanan nyambutdamêl kêtarik saking dayaning ulahraga. Handelsvereeniging ing Medan mêntas ngawontênakên parêpatan, ngrêmbag ngawontênakên tatanan supados sawarnining kantor ambibarakên punggawanipun wanci jam 4.30, pêrlu kangge mikantukakên dhatêng para ulahraga. Ing bab punika lajêng sampun katindakakên damêl sêrat sêbaran dhatêng sawanining kantor dagang.

Kasangaran tram lestrik ing Bêtawi. Kala ing taun 1937 wontênipun kasangsaran tram lestrik ing Bêtawi wontên 100 rambahan, nubruk opêlèt kaping 5, auto kaping 26, auto momotan 16, dhilman 16, grobag 6, sêpeda motor 1, sêpeda limrah 20, tiyang mlampah tuwin grobag surungan 10 rambahan. Kasangsaran sadaya wau adamêl tiwasing tiyang 3, kêtaton sangêt 2 tuwin tatu mayar 24. Manawi dipun timbang kalihan taun kêpêngkêr malah langkung kathah ing taun 1937.

Golongan Perhimpunan Kaum Bêtawi badhe tumbas pasitèn kangge kuburan. Wontên wartos Golongan Perhimpunan Kaum Bêtawi mêntas ngawontênakên parêpatan, ngrêmbag badhe tumbas siti wontên sajawining Gemeente Bêtawi pêrlu badhe kangge kuburan, amargi kuburan ing salêbêtipun Gemeente sakalangkung awis. Kêjawi punika badhe nyalonakên golonganipun wontên ing Gemeenteraad minangka wêwakilipun.

--- 571 ---

Badhe mêwahi sêkolahan. Wontên wartos, Departement Pangajaran badhe amêwahi sêkolahan wontên ing taun 1939, inggih punika sêkolahan H.I.S. tuwin H.C.S. Ing bab punika sampun ngaturakên usul dhatêng Parentah.

Inggah-inggahan. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi-Têngah, M. Margono, juru sêrat klas 1 ing ondêr distrik Sukaraja, kabupatèn tuwin paresidhenan Banyumas, dados mantri pulisi paresidhenan Banyumas. R. Hadisoekmo, Aib. nindakakên padamêlan mantri pulisi veldpolitie ing Banyumas, dados asistèn wêdana paresidhenan Japara-Rêmbang. R. Moerjono, Aib. nindakakên padamêlan mantri pulisi ing Tayu, kabupatèn Pathi, paresidhenan Japara-Rêmbang, dados tijd. nindakakên padamêlan wd. mantri kabupatèn Wonosobo, paresidhenan Kêdhu. Djoharngaripin, juru sêrat klas 1 Patih ing Blora, ingkang ngrangkêp distrik Karangjati, kabupatèn Blora, paresidhenan Japara-Rêmbang, dados mantri pulisi paresidhenan Japara-Rêmbang. M. Djen Mochamad, juru sêrat klas 1 asistèn wêdana Susukan, kabupatèn tuwin parsidhenan Sêmarang, dados mantri pulisi paresidhenan Sêmarang.

Rêmbagan lumantar telefoon dhatêng kapal Nieuw-Amsterdam. Sampun sawatawis dintên mêntas kawontênakên rêmbagan saking Bêtawi kalihan kapal Nieuw-Amsterdam, inggih punika satunggiling kapal Walandi ingkang ngangge radhio telefoon ingkang kapisanan. Ing salêbêtipun kapal wau lumampah, para ingkang sami numpak sagêd telefoon dhatêng Eropa tuwin Amerika.

Kapal silêm kasade. Kawartosakên, The Indo-Straits Trading Co ing Bêtawi, inggih punika satunggiling firma ingkang ngintunakên tosan tuwin waja lami saking tanah ngriki dhatêng Jêrman, tumbas kapal silêm saking Koninklijke Marine K 2 tuwin K 5, ingkang sapunika labuh wontên ing Surabaya. Kapal wau lajêng badhe dipun bibrah. Panjanging kapal-kapal wau 57 m, wiyaripun 5 m tuwin lêbêtipun 5.45 m. Marine nanggêl bilih kapal-kapal wau tosanipun 651 ton, timah 60 ton tuwin brons 4 ton. Kajawi punika, maatshappij wau ugi rêrêmbagan kalihan Marine bab badhe numbas kapal malih.

Ngunjukakên kasugêngandalêm Sripaduka Prinses Juliana. Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana mêntas ngunjukakên kasugêngandalêm Sripaduka Prinses Juliana anyarêngi wiyosan dalêm, ingkang suraosipun kanthi ngucap suka-sukur ing kabagyandalêm ing wêkdal punika, makatên ugi atas namanipun rakyat ing tanah ngriki ugi sami ngunjukakên kasugêngandalêm. Telegram wau ugi sampun angsal wangsulan, ingkang suraosipun tinampi kanthi suka pirênaning panggalih.

Badhe ngawontênakên pasinaon pajagèn bêbaya saking gêgana. Benjing tanggal 9 wulan Mèi punika wanci jam 5 sontên, ing Koningsplein badhe dipun wontênakên pasinaon pajagèn manawi wontên bêbaya saking gêgana. Ingriku kawontênakên pêpindhan ing Bêtawi dipun têmpuh saking gêgana, motor-motor maburing mêngsah sami andhawahi bom ingkang sagêd nuwuhakên kêbêsmèn punapadene andhawahi bom gas. Ing sanalika ngriku lajêng kawontênakên têtulung sapanunggilanipun ingkang katindakakên dening ingkang sampun amajibi kanthi tindak rêrikatan. Sadaya badhe katindakakên miturut tatanan ingkang sampun dipun tamtokakên.

Pindhahipun panuntun Isteri Indonesia. R.A. Ranoemihardjo, pangajênging Isteri Indonesia ing Bêtawi, ing sapunika pindhah dhatêng Magêtan tumut pindhahipun ingkang kakung. Jalaran saking sampun kêtingalipun R.A. Ranoemihardjo dhatêng babagan pakêmpalan wanita, ing sapunika ugi sampun sagêd ngêdêgakên pakêmpalan wontên ing Magêtan, nama Wanito Sedyo Utomo. AntasingAncasing. pakêmpalan ngajêngakên babagan olah-olah tuwin padamêlan tangan.

ASIA

Dêrma agêng. Tuwan Auw Boon Haw, millionnair ingkang gadhah pabrik lisah cap Macan ing Singapura dêrma dhatêng parentah Tiongkok 2.000.000 dollar. Arta wau supados kangge ngêdêgakên griya sakit pêrluning paprangan, kangge ngupakara para saradhadhu ingkang kêtaton tuwin kangge griya lare lola.

Juru anggêgana tumrap Tiongkok. Wontên bangsa Rus langkung 500 ingkang sampun dumugi ing Hankow. Saha commissie babagan wadya gêgana, T.V. Soong sampun mêling motor mabur cacah 400 dhatêng Ruslan, awarni motor mabur pirantos pambucal bom, pambujêng mêngsah tuwin pangungak.

Wadya Tiongkok saya ngangsêg. Miturut wartos saking Hankow, ajênging wadya Tiongkok kalangkung nglêgakakên. Suwaraning mriyêm ngantos sagêd kamirêngan saking Shanghai. Salajêngipun wadya Tiongkok sampun sagêd dumugi sakubênging Tushanwan tuwin Ziayin, ajêngipun kanthi pêpêrangan tanpa kêndhat. Malah salajêngipun anggèning ngangsêg sampun dumugi sacêlakipun Nanking.

[Iklan]

NAGARI WALANDI

Pambaptisdalêm Putri Beatrix. Miturut wartos saking Den Haag, pambaptisdalêm Putri Beatrix wontên ing tanggal 12 Mèi punika, badhe katindakakên dening Pandita Baarn Blaauwendraad sêsarêngan kalihan tilas Pandita kadhaton, Welter, saha kanthi Pandita Kadhaton ing sapunika. Eyangdalêm kêkalih ugi badhe anjumênêngi, tuwin para agêng sanès-sanèsipun.

Paargyan dintên wiyosandalêm Sripaduka Prinses Juliana. Dhawahing dintên wiyosandalêm Sripaduka Prinses Juliana, ing kadhaton Sustdijk kadhatêngan tiyang ewon saking Sustdijk ngriku tuwin Baarn, sami ngunjukakên sêkar kathah sangêt. Ing kala punika Sripaduka Prinses Juliana ambopong Putri Beatrix wontên ing jandhela kanthi nglawèkakên asta. Dene Sri Bagendha Maha Raja Putri tuwin Sripaduka Prins Bernhard jumênêng wontên sacêlakipun ngriku. Ing pundi-pundi kawontênakên paargyan.

EROPA

Pêpanggihanipun pangagêng praja kêkalih. Ing tanggal 2 wulan punika Sang Hitler bidhal saking Berlin dhatêng Rome, badhe pêpanggihan kalihan Sang Mussolini. Ing kala punika kawontênakên pajagèn sakalangkung santosa, malah dèrèng nate wontên pajagèn pêpanggihaning pangagêng ingkang kados makatên santosanipun. Ingriku wontên tiyang atusan ingkang kenging pandakwa badhe adamêl piawon, sami dipun cêpêngi, ingkang kathah bangsa Yahudi-Jêrman. Pakunjaran ing Rome ngantos sêsêg. Kathah têtiyang Yahudi ingkang sami sumingkir saking Rome. Sawarnining tiyang ingkang wontên ing margi ingkang badhe dipun langkungi pangagêng kêkalih punika sami dipun priksa. Para andon lêlana sami dipun priksa bêbêktanipun tuwin sêratipun palilah.

Andhawahakên pangapuntên. Ing tanggal 1 Mèi, Sang Hitler andhawuhakên paring pangapuntên dhatêng sawarnining tiyang ukuman ènthèng ing saindêngipun praja Jêrman.

Kasangsaran motor mabur. Utusan Albanie, Djafer Villa, ingkang numpak motor mabur dhatêng Rome, nêmahi tiwas jalaran motor mabur wau kasangaran wontên ing parêdèn sacêlakipun Formia. Para ingkang sami numpak tiwas sadaya saha sampun ical titikipun jalaran kêbêsmi. Kasangsaran punika tumraping praja Italie kapetang ingkang agêng piyambak, ingatasaning babagan lampah anggêgana.

Golongan abrit ing Prancis. Ing Prancis pinanggih wontên golongan communist ingkang nêdya damêl wêwinih pasulayaning kabangsan. Nanging lajêng kasumêrêpan ing pulisi saha sagêd ambêskup sêrat-sêrat ingkang minangka bukti. Malah miturut wartos, golongan communist wau wontênipun ing Marseille sadhiya auto lapis waja ingkang sae, punapadene sanjata mêsin jangkêp.

--- 572 ---

Wêwaosan

II. Sirnanipun para linangkung.

72

Mirêng sêsumbaripun satriya kêkalih ingkang sêmu ngerang-erang wau, para linangkung sakala punika sami kalimput manahipun. Kajêngipun ing ngriki, bilih para linangkung wau botên kêtuwuhan gagasan punapa-punapa, kajawi ngêmungakên ing sangajêngipun ngriku wontên tiyang kêkalih ingkang sami kumalungkung lan kumawani nyumbari prajurit pitu cacahipun, ingkang mênggahing kadibyanipun ing saindênging bawana tanpa wontên tandhingipun. Ing ngriku para prajurit linangkung wau tamtu sami botên anggadhahi pangintên, bilih prajurit kêkalih wau sagêd ugi utusaning Pangeran, prêlu kadhawuhan midana dhatêng para titahipun ingkang kumawani ngumbar suwara ingkang tanpa dugi-prayogi. Awit mênggahing nyatanipun, anggèning purun nyumbari para prajurit saking suwarga, punika prasasat ngina utawi ngrèmèhakên dhatêng asmaning Pangeran, inggih ingkang nitahakên sadaya mahluk punika.

Saking agênging manahipun dene sagêd numpês prajurit ingkang tanpa wicalan kathahipun wau, para linangkung lajêng kêtuwuhan manah kibir, ngrumaosi bilih sakathahing titah ing saindênging bawana sakurêbing langit, tamtu botên wontên ingkang sagêd anadhingi mênggahing kalangkunganipun. Kala mirêng sêsumbaripun prajurit kêkalih wau, ing ngriku botên lajêng èngêt dhatêng sêsumbaripun ingkang kirang dugi-prayogi wau, ngêmungakên lajêng tuwuh kanêpsonipun kemawon. Langkung malih Alsaya, saking kêdêrêng dening nêpsunipun, tanpa kamanah malih, kapalipun lajêng kabandhangakên saha lajêng nêmpuh dhatêng prajurit kêkalih wau. Prajurit kêkalih nuntên sami kataman ing pêdhang dening Alyasa, lan kalih-kalihipun lajêng sami sigar dados kalih. Nanging anèhipun, ingkang kapêdhang wau botên lajêng sami sirna, malah lajêng jlêg dados sakawan. Nyumêrêpi kawontênaning mêngsah ingkang kados makatên wau, trangginas Dhobrinya lajêng tumut anêmpuh. Prajurit sakawan wau lajêng dipun dhawahi pêdhang satunggal-satunggal, sintên ingkang kataman ing pêdhangipun Dhobrinya, mêsthi lajêng sigar dados kalih. Ewasamantên ugi botên lajêng sami pêjah, nanging ingkang lajêng amangsah pêrang abên ajêng kalihan Dhobrinya tuwin Alyasa, botên namung prajurit sakawan, malah dados wolu.

Ilya ingkang sakawit namung nyawang saking katêbihan, nyumêrêpi kawontênanipun mêngsah ingkang botên sagêd sirna, malah kosokwangsulipun cacahipun tansah wêwah-wêwah kemawon wau, rumaos botên tega dhatêng sadhèrèkipun sinarawèdi kêkalih punika, salajêngipun nuntên tumut anêmpuh ing pêrang. Pangamukipun Ilya ing kala punika prasasat banthèng mambêt obat, sintên ingkang nyakêt, lajêng kadhawahan ing gada utawi pêdhangipun, ingkang lajêng sigar dados kalih. Nanging botên beda kados ingkang sampun, ingkang kadhawahan ing dêdamêl wau botên lajêng pêjah, malah cacahipun lajêng tangkar-tumangkar botên kantênan kathahipun. Makatên ugi para têtungguling prajurit ingkang sakawan inggih lajêng tumut anêmpuh pêrang. Nanging saya kêrêp anggènipun ngêmpakakên dêdamêlipun dhatêng mêngsah, saya wêwah kathahing cacahipun.

Têtungguling prajurit ing Ruslan pitu cacahipun wau, anggèning sami bôndayuda kalihan mêngsahipun sampun tigang dintên tigang dalu laminipun, ewasamantên mêngsahipun dèrèng wontên satunggal-satunggala ingkang sirna, kosokwangsulipun, kados ingkang sampun kacariyosakên ing nginggil, cacahing mêngsah malah tanpa wicalan kathahipun. Dangu-dangu Ilya sakancanipun wau karaos sayah, anggèning ngobat-abitakên dêdamêlipun saya suda kêkiyatanipun, dene kapal tumpakanipun ugi sampun katingal sayah sangêt, ingkang anjalari sampun botên sagêd andhupak, mengkal utawi ambrakot malih. Kajawi saking punika landhêping pêdhangipun, jalaran tanpa kèndêl anggènipun dipun tamakakên ing mêngsah, ugi sampun suda sangêt, ing môngka pangêsuking mêngsahipun ajêg tanpa wontên ewahipun, kosokwangsulipun, malah saya andhêsêg. Ing wusana para prajurit pitu ingkang salami-laminipun botên nate ngucira ing pêrang, ing kala punika lajêng sami kamigilan, saha lajêng sami kêplajêng, minggah rêdi lumêbêt ing wana, nanging tansah dipun tut wingking ing mêngsahipun. Kadospundi kadadosanipun prajurit pitu wau, botên wontên tiyang ingkang sagêd nyumêrêpi. Nanging wiwit punika, namaning prajurit linangkung ingkang pitu wau lajêng botên kacariyos malih.

Badhe kasambêtan

--- 73 ---

No. 19, 7 Mèi 1938 Taun IX

TAMAN BOCAH

INGKANG NGÊMBANI: BU-MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CENTRUM RÊGANE SATAUN F 1.50 KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK. LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.

PÊNJAGANE WONG TUWA NYANG ANAK

Bocah-bocah, ing ''Taman Bocah'' kang kapungkur, aku wis nyaritakake ing bab katrêsnane biyung utawa bapa nyang anak. Nanging kuwi mau mung tuladha sêthithik bangêt. Nèk ana wêktune liya dina aku bakal nyaritakake tandhayêkti katrêsnaning wong tuwa nyang anak mau. Dene sing arêp tak kandhakake saiki ing bab pênjagane wong tuwa nyang anak. Nanging ing kene aku mung arêp nyaritakake kaananku dhewe bae.

Nalikane aku isih cilik, bokmanawa ya ora beda karo kowe kabèh, sok duwe pikiran sing ora-ora tumrape wong tuwaku. Kaya sing wis takkandhakake dhèk biyèn, aku sok duwe pênêmu, yèn wong tuwaku ki sêngit, malah cêmêri-cêri nyang aku. Barêng aku gêdhe, aku lagi ngêrti, yèn anggone wong tuwaku sajak sêngit lan cêmêri-cêri mau, sanyatane saka pangeman lan panjagane nyang aku, kaya ta upamane mangkene:

Nalikane aku isih cilik aku ya disêkolahake, ora beda karo kowe kabèh, nanging yèn ana ing omah, prasasat ora mantra-mantraa yèn aku iki anake. Sabab aku iki prasasat ora tau nganggur. Nanging tanpa lèrèn tansah dipêrdi ing gawe, yaiku rêrêsik omah, yèn mangsane bapak ibu ngunjuk wedang, aku kudu nggodhog wedang, kudu milu ngrewangi olah-olah nyang pawon, kudu ngladèni, cêkake kabèh pagawean aku kudu milu ngêcaki. Dolan prasasat ora kêna babar pisan. Dene patrapku nyang wong tuwa kudu basa mlipit, kudu hormat bangêt, cêkake kudu nindakake tatakramaku kanthi têmên-têmên. Kang mêngkono mau sok banjur tuwuh pikiranku mangkene: ''Aku iki bakune apa anak apa batur.'' Dhèk samono nganggurku kuwi prasasat yèn ana ing sêkolahan bae. Kajaba kabèh mau, yèn ana ing omah, tindak lakuku ora kêna sakarêp-karêp, nanging apa-apa tansah dicênthok, kaya ta mangan kêcap, disêntak dipadhakake kirik, lungguh sangga-uwang, iya ora kabênêran, diunèkake ora pantês lan êmbuh apa manèh sing dadi larangan, aku ora bisa nyaritakake kabèh. Iya wis mêsthi bae kaya mêngkono iku kêrêp bangêt andadèkake jèngkèlku, kang banjur sok tuwuh pikiran sing ora-ora mau.

Nanging barêng aku gêdhe, aku banjur ngêrti karêpe wong tuwa kang mêngkono mau kabèh, yaiku, ngulinakake aku supaya dhêmên gawe, ngêrti tatakrama, bisa basa têmênan lan sapadhane. Iki kabèh dadi kabêgjanku dhewe. Mulane bocah-bocah, yèn kowe didukani bapak utawa ibumu, aja pisan-pisan koktampa sêrik, nanging kabèh mau, tampanên kanthi sênêng, awit ngèlingana, yèn kowe tampa dêduka mau, mêsthine kowe ya luput, dadi dukane mau saka pangemane lan panjagane marang kowe, aja nganti kêbanjur-banjur tindakmu sing ora bênêr mau.

Wis samene bae dhisik.

Bu Mar

--- 74 ---

WAYANG WONG

[Grafik]

Sêdulurku kabèh kang padha maca Taman Bocah, mêsthine wis padha tau ndêlêng wayang wong, sanajan barangan pisan. Ananging apa iya mêsthi padha anggatèkake panganggone wayang wong mau? Upamane ngêrtia jênênge siji-sijine, sing mêsthi iya ora titi, sabab aku dhewe kang wis kaping-kaping ndêlêng wayang wong ing ngêndi bae, malah uga wayang wong ing kraton Ngayogyakarta, iya wis tau nonton ewasamono anggonku gêlêm anggatèkake, ya lagi saiki iki, sabab arêp tak anggo urun-urun ing Taman Bocah kene, supaya sêdulur-sêdulurku kabèh uga ngêrti jênênging siji-sijining sandhangan.

Coba dêlêngên gambar wayang wong kang kacêtha ing gambar iki. Kang tumumpang ing sirah iku kabèh diarani songkok. Perangan buri ing dhuwur kuwi arane sangga-gêlung utawa kancing-gêlung lan kang ngisor têtirone rambut, banjur disambung rambut têmênan, dikawèrake ing dhadha sisih kiwa-têngên. Dene enggok-enggok lincip-lincip kang mubêng sirah têpung têkan kancing gêlung iku jamang.

Ing kuping kiwa lan têngên arane sumping, banjur nganggo kanthil-kanthil yaiku oncèn-oncèn. Sumping iku manawa kang nganggo Pandhawa kaya ta Ngamarta, Wêrkudara, Janaka, Nakula lan Sadewa arane banjur ron mangkara.

Kang disrempangake ing dhadha iku arane kawêng banjur ditumpangi sangsangan (kalung). Sangisoring kalung kang disabukake ing wêtêng iku, kang jêro dhewe lontong, sabuke irêng iku kamus. Kang kanggo nyathokake diarani trêtêp. Ing sisih buri kêpara têngên kang disêngkêliti wangkingan (kêris) uga nganggo oncèn-oncèn, lan ing ngiringan kiwa lan têngên ditlêsêpi sondhèr. Kang ana ing lêngên kiwa-têngên iku kêlat bau.

Samene katranganku bab sandhangan wayang wong kang kacêtha ing gambar. Dene iku sawijining wayang wong kang sabên-sabên disêmuwakake ing kraton Ngayogyakarta. Satêmêne sandhangan iku mau kabèh ora sarwa irêng lan putih kaya ing gambar, nanging sarwa èdi lan pèni, dipulas mancawarna. Apa manèh ing jamang, kancing-gêlung trêtêp lan liya-liyane iku uga rinêngga-rêngga pating krêlip lan pating glêbyar.

Dene wayang mêngkono iku yèn dandan arêp disêmuwakake nganti jam-jaman. Dadi ora kaya manawa sêdulurku pandu (padvinder) yèn dandan limang mênit suwe-suwene sêpuluh mênit wis kudu rampung.

Sêdulurmu, Pranawa Soetoto Bantool.

LÊLUCON

Kakehan gunêm

Dhoktêr : ''Sanajan pait, jamu iki kudu kok ombe. Yèn kowe pinuju ngombe nggagasa kaya nèk kowe ngombe limun kae.''

Wong lara : ''Botên, ngombe limun kemawon, mangke manawi pinuju ngombe, kula nggagas manawi ngombe jampi.''

S. Har, Surakarta.

Bêndara : ''E, Siman, layang sing ana meja iki mau êndi?''

Siman : ''Anu, ndara, sampun kula posakên.''

Bêndara : ''Hus, la wong durung diadrèsi jare!''

Siman : ''Oo, kula wastani sêrat budêng ndara.''

Roekijah, Purwêkorto.

Batangane cangkriman kang katulis dening Moch. Dawami.

I. Ambarawa

II. Imogiri

III. Selebes

--- 75 ---

SUTOYO NÊMU AKAL

[Grafik]

Sarèhne Sutoyo munggah klas têlu, digawèkake dhokar cilik sarta ditukokake wêdhus, minangka bêbungah anggone mêmpêng sêkolahe. Ing gambar ndhuwur iki Sutoyo lagi ngajari wêdhuse. Wis kaping-kaping Sutoyo anggone nyambuki wêdhuse, nanging kewan mau ora gêlêm mlaku, malah mundur-mundur, nganti arêp natap wit-witan. Sutoyo mangkêl atine, mudhun saka dhokar, wêdhus diantêmi, digèrèt, nanging maksa ora gêlêm mlaku, malah arêp nyundhang pisan. Tujune Sutoyo banjur nêmu akal, nyêmpal pang kang ana godhonge ênom-ênom. Kowe padha nêksèni dhewe ing gambar, tangan kiwa nyêkêl kêndhali, sing têngên nyêkêl pang mau. Wêdhuse kêpengin mangan godhong kang ênom mau, nuli mlayu bae ngoyak godhong mau. Playune si wêdhus mau sarosane, nganti lali kêsêl lan wangkale, dene matane têrus mandêng kang dikêpengini. Sutoyo wis ora pêrlu nyambuki wêdhuse manèh, si wêdhus wis mlayu karêpe dhewe. Mara Sutoyo pintêr apa ora cah?

GAMBUH

(Pitutur kang bêcik)

kêpengin milu urun / nadyan aku bocah ora pêcus / ora isin digêguyu pra winasis / anggêpe lir wong pinunjul / tan rumasa lamun bodho //

awit kèlingan ingsun / nalikane sêkolah ing Kopschool / ibu guru anggone amituturi / mring para murid sadarum / wulange kaya ing ngisor //

dene wulange iku / marang para murid duk rumuhun / sira kabèh kudu gêmi lan nastiti / ngati-ati mbangun-turut / aja lali andhap-asor //

abote klangkung-langkung / nanging lamun dipikir kang landhung / kabèh iku mung gumantung kang nglakoni / wit dikandhut ora mrucut / digembol ya ora mrojol //

rèhning sira sadarum / isih bocah durung ngrêngga butuh / luwih bêcik ing saiki diwiwiti / supaya njur bisa matuh / sanadyan ta kanthi alon //

wêwarah kang kasêbut / dhuwur iku kabèh yèn diturut / mêsthi bakal sênêng uripe ing wuri / prasasat maune mungsuh / gêlêm ngaku mitra karoh //

akèh lamun cinatur / awit mêsthi dadi wong pinunjul / nanging kene pinunjul têgêse salin / dudu gagah gêdhe dhuwur / kang bisa nêlukke mungsoh //

têgêsira pinunjul / dene bisa ngrèh kamurkanipun / duwe pêrlu pinikir kanthi nastiti / dèn gêmèni darbèkipun / ngati-ati lamun omong //

ing kene pêrlu ngrêmbug / andhap-asor lawan mbangun-turut / andhap-asor têgêse ngêsorkên dhiri / mbangun-turut sarwa manut / anglakoni ing sapakon //

Kadarwati, Magêlang.

--- 76 ---

WATU DODOL

Ing sapinggiring sêgara, salore Banyuwangi ana watune gêdhe sarta dhuwur. Ing sisih ana growongane kang sok dicêmplungi dhuwit sèn dening wong-wong kang padha têka mrono.

Nalika pêncaring Agama Islam wis mratani têkan tanah Jawa Têngah lan Wetan, akèh dharah luhur kang lolos saka nêgarane amarga ora kêrsa ngrasuk agama anyar iku.

Kacarita dhèk nalika samono ana bupati kang uga lolos saka nêgarane. Kêrsane ngungsi mênyang tanah kang ndhêlik sarta adoh saka nêgarane. Tindake kadhèrèkake ing abdi siji nyangking buntêlan sajèn kang bakal kanggo sêsaji ing panggonan kang dijujug. Abdi mau wis diwanti-wanti ora kêna pisan-pisan nginguk isining buntêlan, gêdhene ndulit. Mangka tindake mau pancèn dijarag siyam supaya bisaa kalêksanan kang sinêdya. Abdi mau iya didhawuhi pasa. Wah, ya rêkasa bangêt, ingatase mlaku pirang-pirang dina ngambah dalan kang ora kêpenak, yèn panas kêpanasan, yèn udan, kodanan, ndadak pasa barang.

Barêng lakune têkan ing pasisire tanah Jawa kang wetan, kêrsane sang bupati arêp ngaso sadhela, sarta ngiras sêsaji nyuwun barkahing Hyang Murbèng Alam. Sapira kagèting sang bupati barêng priksa yèn abdine ora miturut apa kang didhawuhake yaiku wani ngêlong isine buntêlan. Sêpira gêdhene paukuman kang bakal tumiba ing bêndara lan abdine mau, Ingkang bupati wus mangêrtos. Saka bangêting kagèt bupati mau jlêg owah sêsipataning manungsa, dadi rêca, mêngkono uga abdine. Dadi ing panggonan kono ing sapinggiring dalan ana rêcane cilik-cilik, nanging saiki êmbuh isih, êmbuh ora aku ora pati têrang. Nalika ana kêdadean kang gawe ngêrêsing ati mau ana wong wadon nggendhong jênang dodol sarinjing barêng lan tindake priyagung mau. Saka kagète, gendhongane tiba, bluk, tumancêp ing lêmah lan malih dadi watu, mundhak gêdhe nganti kira-kira salumbung. Ing sisih ngarêp ana growongane kang sok diisèni dhuwit dening wong-wong kang padha têka mrono, minangka lirune rêgane jênang. Sawise iku ing sacêdhake kono diyasani pasareyan kanggo priyagung mau. Sing sapa dolan mrono bakal wêruh sêsawangan kang asri, pulo Bali katon cêtha wela-wela, dalasan pakêbonan krambil iya katon, ing antarane ana pabrik-pabrike. Saka plabuhan kono mênyang Bulèlèng yèn nunggang prahu K.P.M. mung lakon 6 jam.

M. Try, Blitar.

MANGSULI LAYANG

S. Har, Surakarta. Lêluconmu wis kêtampan, kêtrima bangêt. O, Har, aku iya kêpengin ndêlok Sêkatèn, kêpengin mampir nyang omahmu, nanging bokmanawa ora bisa. Iya titip bae karo kowe, besuk aku critanana apa sing kokwêruhi.

Pranawa Soetoto, Bantul, Ngayogya. Kalawarti Kêjawèn lan Panji Pustaka iku rêdhakture dhewe-dhewe, lan sing ngêmbani Taman Kanak-Kanak dudu Bu Mar, yèn kowe arêp kirim layang ya adrèsna nyang rêdhaktie Panji Pustaka bae, ya wis cukup. Aja pisan-pisan ngarêp-arêp lirune anggonmu ngirimake photo, upama bisa kapacak bae wis bêkjo bangêt. Yèn kowe arêp ngirimi karangan bab darmawisata yèn cêndhak, ora kêdawan lan nêngsêmake nganggo potrèt-potrèt sing cêtha, bokmanawa iya bisa kapacak.

Katijah, Badran, Surakarta. Bab sayêmbara sabun, Bu Mar durung ngêrti sapa sing entuk lan sing ora. Karanganmu uga wis daktampa, kanthi bungah.

Soewardjo, Sidarêja, Banyumas. Yèn kowe arêp ngaturi layang Rama Petruk, adrèse p/a Kêjawèn iya wis têkan, ora pêrlu ngaggo asma sing têmênan.

Soerjati, Klampok. Layangmu sing dhisik aku uga wis tampa, pancèn iya kêsasar nyang Bungur Jawa. Kowe pitakon bab pangirime buku saka Bale Pustaka. Yèn kowe arêp tuku buku Babad Arungbinang, ya ngirimana dhuwit rêgane buku mau, upama f 0,32, iya ngirimi f 0,32 nyang administratie. Dene sing mragadi pangirime Bale Pustaka dhewe. Sri Dadijah sing kêsripahan, yaiku têpunganmu Sri Dadijah saka Bawang.

Oei Sioe Tjwan, Pacitan. Sukur yèn kowe arêp milu urun-urun ngisèni Taman Bocah, aku ya mupakat. Nanging upama kowe ngirimi karangan, saupama ora dipacak, ya aja nêsu, wajibe kowe malah kudu nyrêmpêng anggonmu ngarang.

Roek c/o Mantri Waterbeheer Wlingi. Pambatangmu cangkriman iya bênêr kabèh. Pancèn wis lawas Rama Pêntul ora ngêndikan ing Kêjawèn, bokmanawa lagi ora kobêr akèh pagaweane liyane.

Hadipoernama, Pacitan. Karanganmu wis daktampa, ora liya tak trima bangêt.

Wijati, Cungkal. Apa iya Ti, kowe ora ngêrti. Maggi, iku wêrna loro, sing cuwèr rupane kaya kecap diwadhahi ing gêndul cilik, dene sing diwadhahi blèg kayadene Hopyes. Kuwi kabèh kanggo momoran kaya ta sop, amrih luwih enak rasane. Yèn kowe nyang toko, banjur njaluk Maggi, sing adol rak mêsthi ngêrti.

Saikin, Bandung. Biyèn aku pancèn janji yèn karanganmu arêp dakpacak, nanging barêng isining Kêjawèn saiki wis diowahi, karanganmu banjur ora bisa kapacak. Mula aku iya cocog bangêt, yèn kowe arêp gawe karangan dongèng sing cêkak-cêkak, pancèn ngono mau sing dakkarêpake. Saiki dongèng sing dawa-dawa, sing tansah ana candhake ora bakal dipacak manèh, mundhak mbosêni.

Sri Paloepi, Surakarta. Aku bungah, dene kowe wis waras anggonmu ginanjar lara. Bab panuwunmu nyang Rama Redhaktur wis dakaturake.

Koesijah, Purwakêrta. Karanganmu wis daktampa, yèn ana papan, bokmanawa bisa kapacak.

Waidjah, Magêlang. Karanganmu uga wis daktampa, dakpikir-pikire dhisik, apa dakpacak apa ora.

Bison, Plosso. Yèn kowe maca Kêjawèn kang anyar-anyar mêsthine banjur ngêrti, yèn isining Kêjawèn wis diowahi, crita cêkak-cêkak, kang maedahi lan mbocahi, mula aja pisan dadi atimu, karanganmu ora bisa kapacak. Coba ngirimana manèh sing cêkak-cêkak lucu utawa maedahi.

Siti Indijah, Kêbumèn. Dadi kowe mlêbu nyang hospitaal, layak wis lawas bangêt ora ngirimi layang nyang Bu Mar. Dhèk aku nyang Kêbumèn ora mampir nyang omahmu jalaran kêsusu bangêt. Apa laramu wis mari babarpisan, yèn durung ya sing ngati-ati.

Layang liya-liyane bakal dakwangsuli Sêtu ngarêp.

Bu Mar.

--- [0] ---

Ôngka 38, Rê Lê, 11 Mulud Jimawal 1869, 11 Mèi 1938, Taun XIII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [573] ---

Ôngka 38, Rê Lê, 11 Mulud Jimawal 1869, 11 Mèi 1938, Taun XIII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Balikpapan - Kasusilan - Kamajêngan Dagang - Wiraosan sêrat - Marsudi Gêndhing Jawi - Praja-praja ing Eropah - Andhap Asor Unggul Wêkasane - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.

Balikpapan

[Grafik]

Baita-baita karsa nuju sami labuh wontên ing sunglon Balikpapan, Borneo.

--- 574 ---

Wulang Sae

Kasusilan.

Dening Radèn Tumênggung Arja Prakosa, ing Surakarta.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 36

Dene anggèn kula matur bilih gêsangipun sadaya manungsa ing donya punika, batinipun gandhengan dados satunggal, punika jiwanipun kenging kula wastani ugi gandhengan dados satunggal. Mila sintêna damêl kapitunaning liyan, punika têgês damêl kapitunanipun badanipun piyambak. Ananging limrahipun tiyang sami botên mangrêtos, sabab saking kêpêtêngan dening pangraosing kuwadhagan, ingkang katingalipun sami maujud pêpisahan. Dene prakawis punika ingkang sumêrêp namung para ingkang darajatipun batin sampun inggil, mila prakawis kasusilan punika, ugi ngêwrat prakawis ingkang lêbêt sangêt.

Nglajêngakên rêmbag kawontênanipun ing donya, ingkang kraos botên sakeca, kados ta ing môngsa mêlas asih punika (malaise), sampun têtela wontên peranganing sagolonganipun manungsa ingkang nêrak kasusilan, inggih punika botên nêtêpi kuwajibanipun, anggènipun pinatah dening kodrat anggarap saperanganing andum damêl sarta samad-sinamadan, mila lajêng mahanani sadonya karaos botên sakeca lampahing panggêsangan. Kados makatên punika kawontênan ing donya, bilih saperanganing golongan botên tumindak ing garis-garis kasusilan, golongan sanèsipun inggih lajêng kataman panandhang ingkang botên sakeca.

Ing ngajêng sampun kula pratelakakên, mênggah kasusilan punika, anggêr-anggêring Pangeran anggèning anggêlarakên bawana saisinipun, kabaripun wontên ing tandang-tandukipun manungsa, wontên pêpilihan kalih perangan, ingkang ugi makarti sêsarêngan ngêmpal dados satunggal, inggih punika:

1. Tandangipun raga tuwin tandukipun wicara, inggih ingkang dipun wastani tatakrama dening golonganing bôngsa piyambak-piyambak.

2. Pamanahan ingkang ambangun turut, bêkti dhatêng Pangeran ingkang Maha Luhur, bêkti dhatêng tiyang sêpuhipun, saha bêkti dhatêng lêluhuripun, manawi wanita ingkang sampun sêsemahan, inggih bêkti dhatêng guru lakinipun, ugi bêkti dhatêng ingkang pantês dipun aji-aji, sarta bêkti dhatêng kautaman. Sadaya punika kenging kula ringkês, susilaning manah. Punika anggadhahi têgês panêmbahing raos. Pêpilihanipun kalih perangan wau, kabaripun wontên ing tandang tuwin tanduk, sêsarêngan makarti dados satunggal, inggih punika ingkang dipun wastani wiraga tuwin wirama, kanthi tulusing pambêgan utami. Kaprigêlan lan tandangipun raga, tuwin luwêsing wicara kanthi manis, punapadene tulusing pambêgan utami, tumindakipun sêsarêngan, punika kababaripun saèstu mrangkani dhatêng sintêna ingkang kataman, sarta ngrêsêpakên ingkang sami tumingal, punapadene nyênêngakên ingkang sami mirêngakên.

--- 575 ---

Kawontênan ing wêkdal wau, lamat-lamat kawistara ngawontênakên raos adi, kadosdene sêsawangan ing parêdèn, ara-ara ingkang wiyar, samodra ingkang ngêblak-êblak, punika ugi anggugah raos adi, èsêmipun bayi, suwaraning gôngsa ingkang ngrangin, punika ugi anggugah raos adi, inggih raos adi punika lamat-lamat anggèn kita karaos nyumêrêpi dhatêng kaendahaning Pangeran Ingkang Maha Kuwasa. Para wanita ingkang sagêd nandukakên wiraga tuwin wirama, langkung malih bilih sagêd nuju prana, punika badhe angsal pangajêng-ajêng agêng wontên ing pundi kemawon.

Têmbung tatakrama punika kalih têmbung ingkang dipun gandhèng dados satêmbung aran, lingganipun saking têmbung tata tuwin krama. Tata punika pikajêngipun manut tatanan ingkang dipun anggêp sae dening golonganing bôngsa piyambak-piyambak. Tandangipun raga ingkang sagêd matrapakên mêmpan mapanipun, kanthi unggah-ungguh ingkang salaras sarta mathuk kalihan kawontênan ingkang dipun alami. Sarèhning kawontênan ingkang dipun alami punika beda-beda, kala-kala srawung kalihan priyantun luhur, utawi jarajatdarajat. alit, tuwin kala-kala srawungan kalihan lare-lare, para neneman, utawi para sêpuh, môngka ing wêkdal wau sagêd matrapakên tandangipun raga, ingkang mathuk mêmpan mapanipun, tindak ingkang makatên wau, dipun wastani: wiraga, têgêsipun kaluwihaning tandangipun raga. Badhe kasambêtan.

[Iklan]

--- 576 ---

Kamajêngan Dagang

Ing wêkdal punika kados sampun mangsanipun bôngsa têtiyang siti ing tanah ngriki sami kêbuka ing manah angajêngakên lampah dagang. Kawontênan wau sagêd katitik wiwit saking golongan alit ngantos dumugi ingkang golongan agêng. Minggah-minggahipun malih ngantos pinanggih ingkang golongan agêng yêktos, inggih punika kados ingkang pinanggih ing Batawi.

[Grafik]

Saking kiwa manêngên: Tuwan-tuwan H. Bahsan, R.N. Lubis, Johor, A. Satha, Dasaad A. Musim, Indra Kusuma, Rais Ayub, Ismail, M. Tahir, Johan.

[Grafik]

Para tamu ingkang sami anjênêngi.

Kala tanggal 1 wulan Mèi punika ing Batawi kawontênakên bikakan kantor dagang agêng gadhahanipun tiyang siti ingkang katindakakên dening bôngsa tiyang siti piyambak, manggèn wontên ing griya agêng ing Kalibêsar, satunggiling papan têlênging kantor dagang agêng ing Batawi. Kantor wau mapanipun nunggil kalihan kantor-kantor dagang Eropah.

Sampun dangu ing Batawi wontên paguyuban nama Malaya Import, ingkang dipun adani dening Tuwan Rais Ayub, pangajênging Handelspereeniging Johan Johor, sêsarêngan kalihan Tuwan Johan, Johor Dasaad, Muh. Tahir tuwin Dt. Sati. Ancasing Malaya Import wau andhatêngakên barang-barang padagangan saking sanès nagari, ingkang têtiyang ing tanah ngriki botên damêl. Makatên ugi Rais & Co. punika satunggiling pirmah ingkang dagang asil siti kopi, mrica, kopra, tuwin sanès-sanèsipun. Wontên malih nama Ghandas Compani. Pirmah punika dipun pangagêngi dening Tuwan Dasaad A. Musim, andhatêngakên barang padagangan tuwin ngintunakên asil siti. Kajawi punika taksih wontên malih Agentuur & Commissie Handel R.N. Lubis, ingkang anggadhahi kantor ing Batawi tuwin Medhan. Tuwan Daad wau ugi dados dhirèktur Cultuur Mij. Betalmal [Betal...]

--- 577 ---

[...mal] tuwin sèkrêtaris Roepelin pang Batawi.

Ing ngajêng bêbadan sadaya wau anggadhahi kantor piyambak-piyambak pating prênca, têbih saking têlênging kitha dagang. Inggih ing tanggal 1 Mèi punika lajêng nunggil dados satunggal wontên ing griya gêdhong agêng ing Kali Besar West no. 27, Batavia- Stad.

Sanadyan ing dintên wau sawêg pindhahan, dèrèng kawontênakên pahargyan, tamu ingkang anjênêngi kathah, inggih punika saking golongan dagang tuwin pèrês. Sêkar-sêkar pahargyan kintunan saking ingkang sami migatosakên ugi kathah.

Ing pamuji, mugi adêging kantor agêng punika sagêda misuwur saha sagêda ngumbulakên têtiyang siti dhatêng babagan ulah dagang.

Pawartos saking Redhaksi.

K. 1815 ing Malang. Bab wêndhit sampun kasèp, tuwin karangan kados makatên punika mapanipun wontên ing ariwarti.

K. 2401. Karangan panjênêngan kirang gambêlangipun.

K. 4648 ing Salatiga. Redhaksi Kajawèn botên mangrêtos dhatêng karangan panjênêngan.

K. 2583 ing Kêdhungpring. 1 karangan ingkang sae, manawi katampèn angsal pituwas. 2. gambar potrèt utawi corèk, manawi sae, inggih katampèn angsal lintu.

K. 4590 ing Kêdhiri. Oud-Javaansch-Nederlansche Woordenlijst, karanganipun Dr. H. Juinbol ingkang sade Depot van Leer Middelen Bat. C. rêgi f 10.- botên kenging nicil.

K. 4590 ing Kêdhiri. Prayogi kapratelakna, sêrat babagan punapa.

K. 4420 ing Madyataman. Pèngêtan panjênêngan lêrês sadaya. Namung gèsèh ing dintên, punika kabêkta saking ewahing kurup.

Lêngganan no. 4395. Karangan tigang warni ingkang panjênêngan tawèkakên, kamanah kirang migunani, dados botên prêlu kakintunakên. Dene sabên wulan badhe ngintuni panjurung karangan, botên wontên pakèwêdipun. Nanging manawi karangan wau botên saèstu, inggih botên sagêd kapacak ing Kajawèn.

[Iklan]

--- 578 ---

Wiraosan Sêrat

Sambêtipun Kajawèn nomêr 37.

Kula badhe pitakèn: Pasinaonipun sintên. Ingkang ngantu-antu sintên.

Tumraping pasinaonipun para sarjana, inggih punika tumraping pasinaon ingkang muluk, kintên kula Bausastra Pigeaud 1938 (mawi ciri taun, sabab badhenipun kasusul ing Bausastra Pigeaud ingkang agêng) punika botên badhe sagêd anyêkapi, lan tangèh sagêdipun dados lêlintunipun Bausastra Gericke Roorda.

Tumraping pasinaon ingkang sumrambah ingkang sagêd ngangge Bausastra Pigeaud punika namung ingkang mangêrtos dhatêng basa Walandi. Yèn Bausastra Gericke Roorda punika tiyang Jawi (ingkang botên mangêrtos basa Walandi) maksa sakêdhik-sakêdhik sagêd nunut ngangge, jalaran anggènipun anjarwani kêrêp sarana dipun sisihi têmbung utawi bêbasan cara Jawi sanèsipun. Utawi dipun pêthikakên ukara ingkang ngêwrat têmbangipun ingkang badhe dipun jarwani punika. Nanging yèn Bausastra enggal punika tiyang Jawi babar-pisan botên sagêd tumut ngangge, awit maligi dipun jarwani cara Walandi. Malah ing pratelaning têmbung-têmbung ingkang asring kangge ing côndrasêngkala punika botên dipun êwrat têmbung-têmbungipun Jawi, nanging ingkang dipun êwrat namung jarwanipun ingkang basa Walandi. Kados ta:

Ing ngriku botên dipun têrangakên makatên: buta, pandhawa, tata, gati, wisaya, iku watêke lima, nanging dipun têrangakên: kang awatak lima iku têmbung-têmbung kang atêgês: wind, storm (wereld) orde, ordenen etc.

Dados têrang sangêt Sêrat Bausastra Pigeaud 1938 mligi namung kangge nyawisi para Walandi ingkang badhe sinau basa Jawi, botênipun inggih namung kenging dipun angge srana pasinaon basa Jawi tumrap tiyang ingkang mangêrtos basa Walandi. Têgêsipun: tumraping tiyang Jawi ingkang yutan punika, ingkang ugi kapengin amarsudi kawruh basa Jawi (sanadyan namung sareka-rekanipun piyambak) nanging botên mangêrtos dhatêng basa Walandi, tanpa guna.

Punika sangêt andadosakên karaos-raosing manah kula, awit dumugining sapunika srananing pasinaon basa Jawi tumraping tiyang botên mangêrtos basa Walandi ingkang wujud bausastra punika markenco sangêt.

Wontên ingkang sae (Gericke Roorda) sagêdipun ngangge tuna dungkap.

Wontên ingkang sagêd ngangge, kathah kuciwanipun, lan kirang cêkap:

1. C.T. Winter Sr. : sêrat isi têmbung Kawi mawi têgêsipun, wêdalan Depot van leer middelen ing Batawi, cithakan ingkang kaping kalih 1928. Namung anjarwani têmbung kawi.

2. W.J.S. Purwadarminta: Bausastra Jawa I, cithakan ingkang sapisan kawêdalakên dening pakêmpalan Triwikrama ing Ngayogyakarta ing taun 1930. Punika yèn botên kalintu akhiripun ingkang sade Wolters ing Batawi, ingkang mêdal sawêg ingkang jilid satunggal, dêntawyanjana A dumugi L.

Kasêrat ing Batawi tanggal surya kaping 24 April 1938.

Kandhiyur.

--- 579 ---

Kagunan Jawi

Marsudi Gêndhing Jawi.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 36

Manawi kênongipun pêpak, sakecaning pamirêng: panabuhipun kenong sajak anggandhul, (botên nyarêngi ungêlipun wilahan, kapara kantun) tumrap gêndhing pangkur punika ingkang ungêlipun kênong gandhul N I dhawah ôngka 5, nanging ingkang dipun tabuh kênong laras 6.

N III dhawah ôngka 1, nanging ingkang dipun tabuh kênong laras 5.

Dumugi gong (G) ingkang dipun tabuh kênong laras gulu (kênong manis).

Pola ôngka 6

Gêndhing pangkur lômba br. sl. pt. 9 wirama sêsêg, mawi dipun êndhêgakên dadakan, lajêng dipun sênggaki. Manawi sampun mungêl apêsipun 2 gongan (mriksanana pola ôngka I) lajêng kaêndhêg kados ing ngandhap punika.

Bw. 2 1 2 6 2 1 ...

Kaêndhêgakên ing kêndhang: ungêlipun, thung gên dlab kalayan ngêgèt. Gôngsa ingkang mungêl rame: kêdah kèndêl sadaya, lêt sawatawis, kamirêngan ungêlipun kênong laras 5 piyambak. Saungêlipun kênong lajêng dipun sênggaki: sêkar-sêkaran, punapa wangsalan.

[Notasi]

Punika caranipun tiyang lampah sampun dumugi ôngka I N III kênong III lajêng dipun sambêti.

[Notasi]

Wêkdal dipun wiwiti sênggakan, kêmbang uwi…

Ingkang wontên têngêr tw. punika ingkang dipun garambyang (tabuh) namung wilahan gêndèr. Kangge nuntun swara, yèn sampun dumugi kênong III wiwit mungêl sadaya, nanging lirih. Dumugi G gong, lajêng nabuh sora namung 6 wilah.

Bw. 2 1 2 6 2 1 ...

Makatên salajêngipun, dipun wongsal-wangsuli sakêdhikipun kaping 3 utawi gumantung ingkang nyêpêng kêndhang utawi pangajêng.

Manawi sampun, lajêng kadamêl irama sarèh (tamban) miturut nut, pola ôngka 2 dipun tindakakên kaping 3 utawi 4, lajêng dipun dhawahakên mriksanana têngêr (-) bibar N III.

Lajêng kantun sakarsa, punapa dipun gerongi, punapa dipun uran-urani.

--- 580 ---

Tumrap ing nagari Ngayogyakarta yèn kalênengan, gangsanipun pêpak, slendro sarta pelog, gêndhing pangkur punika sagêd damêl lagu wolak-walik kaping 5, inggih punika

1. Ir. slendro pathêt 9 | 2. Ir. pelog pathêt 6 | 3. Ir. slendro, pathêt manyura | 4. Ir. pelog pathêt barang | 5. Ir. pelog nyamat mas.

manyuranipun laras pelog pathêt 6 (minggah satunggal wilah saking laras pelog pathêt 6).

Ing têmbe wingking gêndhing pangkur kula aturakên ing nginggil, ugi badhe kula damêl nutipun.

Murih anggampilakên anggènipun sinau, prayogi nyuplik salah satunggalipun nut, ingkang sampun dipun êwrat, punapa kasêrat ing bor, punapa wontên dalancang lajêng dipun gapit.

R. Ng. Pringgaardana.

Praja ing Eropah

Manawi mirid kawontênan ingkang pinanggih ing Eropah, punika satunggil-satunggilipun nagari sami gêgayutan kawigatosan, saha kawigatosan wau ingkang lajêng anggathukakên dhatêng ingêr ulahing praja. Mila ing bab punika prêlu dipun andharakên sawatawis murih sagêd kasumêrêpan punapa ing kawigatosanipun, tuwin ing salajêngipun tansah katingal anggèning gêgayutan.

Pinanggihipun ing sapunika, praja-praja ingkang sami gêgayutan inggih punika Tsjechoslowakije, Prancis, Itali tuwin Jêrman. Praja gangsal punika tansah sami wawas-winawas.

Tumrap Tsjechoslowakije, punika sarêng Jêrman dados satunggal kalihan Ostênrik, lajêng raos kasamaran. Môngka nagari punika sajatosipun kangge sarana ngalang-alangi tindakipun Jêrman. Adêging praja wau wontên ing sabibaring pêrang donya, kasantosanipun dipun ayomi Prancis tuwin Inggris, tuwin ugi pawong mitra kalihan Sopyèt. Dene rakyatipun ing ngriku momoran, namung ingkang kathah bangsanipun Jêrman, ingkang dipun wastani bôngsa Sudeten. Mila ing ngriku tuwuh kêsamaran, dening kathah bangsanipun Jêrman wau, tamtunipun gampil kenging daya manunggil, dene golongan wau gadhah têtindhih nama Konradt Henlein. Salajêngipun golongan wau mêntas ngawontênakên parêpatan ingkang ngrêmbag supados Tsjechoslowakije ngewahi politik sajawining praja. Mênggah wosing kajêngipun, botên sanès badhe nêdya manunggil kalihan Jêrman, saha lajêng misah kalihan praja sanès. Miturut rêmbag ing Inggris, Prancis badhe angêkahi prajanjianipun kalihan Tsjechoslowakije. ananging salajêngipun wontên rêmbag supados Tsjechoslowakije angagêngna manahipun bôngsa Jêrman, Sudeten, Inggris tuwin Prancis ingkang badhe ngalang-alangi samôngsa ing ngriku dipun têmpuh.

Tumrap Prancis, gêgayutanipun kalihan Itali katingal rakêt, saha Prancis angakêni anggèning Ngabêsi dados jajahan Itali. Mênggah kawigatosan anggèning Itali ngudi dhatêng praja sanès [sanè...]

--- 581 ---

[...s] supados ugi nayogyani makatên, supados sagêd anggampilakên tumindaking lampah dagang.

Pamawasipun Itali dhatêng Inggris, nama sagêd pêthuk, Itali lajêng ngawontênakên tindak ngunduri anggèning gêgayutan kalihan Sêpanyol. Tindak wau sagêd ugi saking panguthikipun Inggris. Minôngka piwalêsipun, Inggris angakêni kêbawahipun Ngabêsi dhatêng Itali. Saha kalampahan sampun damêl prajanjian. Supêkêtipun Inggris kalihan Itali, punika atêgês ngêndhokakên gandhèngipun Berlijn kalihan Rome. Ingkang ugi sagêd ngêndhokakên sêrênging praja sanès-sanèsipun.

Ing sapunika tumrapipun Inggris kalihan Prancis, katingal anggèning supêkêt, ngantos kêdugi badhe ngawontênakên tatanan êsrah-ingêsrahan panguwaos babagan wadya. Samôngsa wontên pêrang, wadya dharatan kalih nagari wau badhe dipun tindhihi Prancis, dene wadya lautan dipun tindhihi Inggris.

Nanging Inggris lajêng kêtuwuhan pamanggih sanès, ingkang nyulayani kalihan rêmbag-rêmbag ingkang sampun dipun tindakakên kalihan Prancis tuwin Itali. Awit sadaya wau botên badhe tilar pulitik kasantosan praja. Ing ngriku Inggris saya migatosakên pamawasipun, têtêping prajanjianipun Inggris kalihan Itali kêdah wontên ing Polkênbon. Bab ngakêni kêbawahipun Ngabêsi punika sagêda tumindak kanthi manasuka. Nanging sêdya makatên wau kados lôngka kêlampahanipun, awit nama narajang prajanjian Stimson, ingkang sampun dipun têtêpakên ing Polkênbon, ingkang suraosipun botên kenging ngakêni sahing laladan ingkang kamelikakên sarana kamurkan. Kajawi punika taksih wontên sabab sanès-sanèsipun.

[Iklan]

Ing sapunika tumrap Jêrman, sumêrêp galibêting ebah-ebahanipun praja sanès Sang Hitler lajêng dhatêng Rome badhe mulihakên raos kêndhoning pasupêkêtan. Itali sampun ngewahi rêrakêtanipun, lêstantuna kados nalika Jêrman dèrèng dados satunggal kalihan Ostênrik. Jêrman gadhah pangintên bilih Itali gadhah pikiran punapa-punapa ingkang gêgayutan kalihan Tsjechoslowakije. Nanging nyatanipun Itali botên gadhah pamanahan punapa-punapa dhatêng Tsjechoslowakije, dene anggèning

--- 582 ---

Tsjechoslowakije lajêng ngakêni nata Itali dados nata binathara Ngabêsi, punika kêgayutangêgayutan. saking rêmbagipun Prancis. Dados tumrap Itali sawarnining rêmbagipun, têtêp badhe saiyêg kalihan Sang Hitler.

Sang Hitler kalampahan sampun pêpanggihan kalihan Sang Mussolini, kanthi pakurmatan langkung saking ngêkat, mênggah kawigatosaning rêmbag, wosipun anglastantunakên anggèning gêgandhengan. Tamtu kemawon tindaking pramuka kêkalih wau adamêl kirang sarjunipun Prancis tuwin Inggris.

Nanging tumrap wiraosaning sêrat-sêrat kabar Itali, tindak kados makatên wau rinaos malah botên sakeca, awit lajêng damêl kasamaraning praja-praja ingkang dhêdhasar dhemokrasi.

Mênggah sajatosipun ing bab punika, tumraping kasamaran ugi angèngingi Itali piyambak, awit manawi mawas dhatêng kawontênanipun Jêrman, ing sapunika pinanggih langkung santosa, dados nama nyulayani kalihan pangajêng-ajêngipun Itali piyambak ing ngajêng, awit ing ngajêng Itali gadhah pangajêng-ajêng supados ing saêlèr Itali sampun ngantos wontên nagari ingkang santosa tuwin sampun ngantos wontên nagari kiyat anggèning manunggil, inggih bab pulitik punapadene ekonomi.

[Iklan]

Môngka manawi nitik kawontênanipun Jêrman sakalangkung mênang clangap tinimbang Itali, awit ing salêbêtipun Itali upyêk babagan Ngabêsi, kêtungkul botên manah dhatêng ebah-osiking Eropah, ing ngriku Jêrman sampun sagêd ngawontênakên gêgayutan kalihan Polên, Yugoslapiyê, Honggari, Bulgari tuwin Ostênrik. Mila rêrigênipun Itali lajêng ngangkah sagêda angsal ngrika-ngriki, supados Inggris tuwin Prancis anayogyanana dhatêng adêging panguwaos Itali ing Ngabêsi, makatên ugi ing bab lulusing karukunan ing Lautan Têngah tuwin Aprikah sisih lèr. Awit saupami botên makatên, Itali nyamarakên dhatêng Inggris tuwin Prancis angalang-alangi sêdyaning Pasis. Dene kasantosanipun kêdah sarana gêgandhengan kalihan Jêrman.

Ing ngriki lajêng katingal mênggah ubat-ubêting kawontênan ing Eropah.

Pawartos saking Administrasi.

Lêngganan nomêr 4670 ing Mêmpawah. Lêrês.

Lêngganan nomêr 2929 ing Têgalgônda. Sept. t/m November 1938.

Lêngganan nomêr 2355 ing Bogor. 3e. Kw. '38.

Lêngganan nomêr 5318 ing Kêmiri. Lêngganan kapetang wiwit 1/2 botên angsal bêbingah.

--- 583 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Andhap Asor Luhur Wêkasane.

IV.

Garèng : Truk, aku kok ora pati cocog nyang rêmbugmu kuwi, kok unèkake: panggêdhe kudu andêmênakake, kudu bisa sing rêsêp nyang wong-wong bawahe, nanging tanpa ngasorake kaluhurane drajate. Yak, kowe kuwi rak ora ngrêti adate mênungsa umume. Lumrahe uwong kuwi nèk banjur disanak karo panggêdhe, sok banjur jag-jagan, ngomongake panggêdhe tanpa urmat, rumasane wis diaku sêdulur. Kaya ta banjur ngrasani panggêdhene muni mangkene upamane, apa iya pantês kiyi: wah, kyaine wingi rawuh nyang gonku tak suguh wedang tèh karo srabi êndhog, anggone srupat-sruput ngunjuk lan andhahar srabine sajake nikmat bangêt. Mara, dupèh disanak, dirawuhi omahe, nyang panggêdhe banjur ngyaèk-ngyaèkake, banjur caraning ngunjuk dipadhakake wong lumrah bae, diunèkake: srupat-sruput. Apa ora kaduk wani kuwi arane.

Petruk : Apik êndi karo ngrasani panggêdhe kanthi urmat bangêt, nanging têmbungane mangkene upamane: hla iya wis kaya ngene kiyi, bêndara kuwi nèk diadhêpi, mung tansah ambèthêm lan mêcucu, tanpa obah-obah, padha bae karo ngadhêpi tugu ane kiyi. Sing kalair wis kaya ngono ucapane, apa manèh ing batine, bokmanawa buntute ngêlanthir bangêt. Beda karo sing kok kandhakake mau, anggone kalair têmbunge sing mangkono mau, rak saka bungahe atine, dene panggêdhene krêsa dhahar suguhane, saka sênêng-sênênge atine, punggawa mau didhawuhi apa-apa nyang panggêdhene mêsthi kanthi sênêng anggone nindakake, sanadyan didhawuhana… mêtêki pisan. Ora, Kang Garèng, tumrape wong kang apangkat luhur, sabênêre mono gampang anggone arêp nindakake andhap asor, kang diunèkake ing têmbe dadi luhur wêkasane. Awit, tumrape sing apangkat gêdhe, anggone nindakake tatakramane ora prêlu kayadene aku kowe kiyi, kudu mêndhêg-mêndhêg ping sasayahe, kudu klèsèd-klèsèd nyang lêmah, kudu sojah kuwi sing nganti sedhokan kae. Kabèh kiyi tumrape kang apangkat gêdhe ora prêlu, Kang Garèng, cukup mung manthuk karo mèsêm bae, wong bawahe bungahe wis sêtêngah mati, Kang Garèng, apa manèh krêsa andangu sakêcap rong kêcap, bungahe ambok ditêbusi ing èsême mas jêng-mas jêng, mêksa ora olèh, Kang Garèng.

--- 584 ---

Garèng : Wayah, ambok aja salewengan mrono barang kuwi. Ha iya, Truk, ngomong kuwi pancèn iya gampang, nanging kowe kudu ngèlingi, dadi panggêdhe kuwi angèl bangêt, arêp tindak mangkene, jarene salah, dianggêp ora bisa ngluhurake pangkate, arêp angluhurake pangkate, iya kliru, diunèkake: kêmratu-ratu, gèk kêpriye bae, hara, hara.

[Grafik]

Petruk : Wiyah, ambok aja banjur kêmayu mêngkono, pancèn iya angèl, tur nganggo bangêt, ya kuwi tumrap panggêdhe sing ora ngrumasani apês tumraping Gusti Ingkang Kuwasa. Nanging kang pancèn ngrumaosi apês nyang Gusti, wah, iya gampang bae, Kang Garèng. Sabab salirane banjur ngrumaosi disihi ing Pangeran, buktine banjur digadhuhi pangkat sing saklapa dhuwure mau. Ing sarèhne rumasa disihi ing Pangeran, salirane banjur dipêksa kudu asih lan wêlas marang kabèh titahing Pangeran. Apa manèh nyang wong-wong bawahe, rumaose banjur dudu abdine, nanging wong-wong kabèh mau momongane. Mara, Kang Garèng, andakana wong nyang omongane kuwi nêdya ala, nêdya ala lan sawiyah-wiyah, mêsthine rak iya ora, ta, kosokbaline malah ngudi nyang kautamane momongane mau. Cara momong kang utama kuwi, Kang Garèng, iya kudu nindakake patrap nyang momongane kang sumèh, ngrêsêpake, lan andêmênakake, nanging yèn prêlu iya kudu wani ngukum. Lo, mêngkono uga patrape panggêdhe nyang bawahe, iki wis jênêng panggêdhe sing andhap asor têmênan. Tak tanggung, Kang Garèng, wong-wong bawahe mêsthi banjur padha wêdi, asih, bêkti, lan ngaji-aji. Mara, apa iki ora dadi unggul wêkasane.

Garèng : Kok lumrah, ya, wong kiyi nèk pangkate asor sok banjur duwe panêmu: wong dadi panggêdhe kuwi kudu mêngkene, kudu mêngkene, aku kok kêpengin wêruh, saupama Petruk olèh pangkat sing kadhangkala kêsasaran ing sêmbah, apa iya ora banjur kêwêtu têmbunge mangkene: idug-idug busèt, enak, e

Petruk : Wiyah, kok banjur mêtu Banyumase mêngkono, wis, saiki tak banjurne manèh katêranganaku. Mêngkono uga wong pintêr, luwih-luwih sing padha anduwèni sêbutan Mr. Dr.

--- [585] ---

utawa Ir. Iya kudu anduwèni tindak andhap asor, supaya ing têmbe bisaa luhur wêkasane kuwi.

Garèng : Iya wis, aku ngrêti, dadi wong pintêr kudu ngrumasani apês tumrape Pangeran, dadi iya kudu ngrumasani yèn kapintêrane kuwi mung digadhuhake bae, sesuk utawa suk êmbèn bisa kalakon, kapintêrane mau dijabêl dening Ingkang Kuwasa manèh.

Petruk : Bênêr, Kang Garèng. Bênêr bangêt, nèk wis ngrumasani mêngkono, Kang Garèng, têmtune rak iya ora duwe pikiran, wong aku kapintêran apa bae tak borong kabèh, kathik dikon kumpul karo wong kaya ngana, cara Lônda bae ora bisa, rak iya mung ngasorake drajatku bae. Lêlakon sing mèmpêr kaya ngono kuwi, ana ing Batawi kene aku wis tau ngalami, Kang Garèng, ya kuwi patrape sawijining dhoktêr kang mèlu kumpulan rumah sakit partikêlir. Sawijining dina dhoktêr mau kêdhongan jaga, ing sarèhne wis luwih saka wêktune durung rawuh, banjur ditilpun dening salah siji pangrèhe, diaturi tumuli rawuh, sabab wis akèh wong lara sing padha ngêntèni, lo kuwi malah banjur duka karo garundêlan mangkene, ora pantês bangêt, ingatase aku dhoktêr (bokmanawa ing burine ana buntute mangkene: kang kawruhe mumbul bangêt) kathik mung bangsane: juru tulis, klèrêk, utawa komis, wani-wani mrentah nyang aku. Hara, Kang Garèng, wong iya ora rumasa apês nyang Gusti, ing kono banjur ora ngèlingi wong lara iki kabèh padha titahe Gusti sing padha ngêntèni, nanging sing ditêngênake, ngêmungake: aku dhoktêr, kapintêranaku sathekruk, ora trima bangêt yèn aku diprentah nyang uwong-uwong kang mung wêton bangsane: H.I.S, H.I.S, seje karo wong pintêr sing ngrumasani apês tumraping Gusti, kuwi mêsthi banjur tansah matur sèwu sêmbah nuwun marang Pangeran dene digadhuhi kapintêran sing samono dhuwure mau, lan saka gêdhening sêmbah nuwune mau, banjur ngudi supaya kapintêrane mau aja dijabêl, sabanjure kapintêrane mau ora kok banjur kanggo gagah-gagahan, kanggo brêgas-brêgasan, nanging dipigunakake kanggo ngudi mênyang kaslamêtane titahing Pangeran. Lo, iki wis jênêng tindak andhap asor tumrape wong pintêr. Mara, wong-wong mau wusanane apa ora banjur ngaji-aji marang wong pintêr sing kaya ngono kuwi. Lan wusanane wong pintêr mau apa ora banjur dadi dhuwur wêkasane, nanging bab iki padha disêtop samene bae. Kanggo mungkasi, saiki aku arêp ngandharake dhawuhe para sêpuh mangkene: bangsane ngulama kuwi yèn seda, ora ngêmungake sipating manusa bae, sanadyan sato kewan, gêgrêmêtan, lan sapadhane, iya padha mèlu susah, sabab bangsane ngulama kuwi tansah mituturi nyang para muride aja tindak siya mênyang kabèh titahing Pangeran. Ing môngka kabèh sing tak kandhakake mau kalêbu titahing Pangeran, dadi yèn banjur ana ngulama seda, iki kang atêgês: kelangan manusa siji, sing sok awèh pitutur, aja tindak siya mênyang sadhengah titahing Pangeran, mulane banjur padha mèlu susah, wis, wis, Kang Garèng, cukup samene bae.

--- 586 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI

Inggah-inggahan. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi Wetan, Sosrowijoyo, juru sêrat klas 1 ing Paresidhenan Malang, dados pulisi Paresidhenan Malang. Mohamad Rais, ugi nama Sosrodiwinoto, asistèn wêdana Paresidhenan Malang, dados asistèn wêdana Paresidhenan Bêsuki. M. Suyoso ugi nama M. Cokrosuyoso, tijd. wd. Adjunct Jaksa Landraad ing Banyuwangi, Paresidhenan Bêsuki, dados asistèn wêdana Paresidhenan Bêsuki. R. Suwaryo, Aib. nindakakên padamêlan mantri pulisi ing Paresidhenan Surabaya, dados asistèn wêdana Paresidhenan Malang. R. Panji Tejowinoto, mantri pulisi klas 1 Paresidhenan Malang, dados asistèn wêdana klas 2 ing Paresidhenan Madiun. Sukardayat Projokusumo, Aib. nindakakên padamêlan mantri pulisi Paresidhenan Bêsuki, dados Aib. nindakakên padamêlan Adjunct Landraad ing Banyuwangi. R. Aryo Nataningrat, Adjunct Hogfddjaksa Landraad ing Surabaya, mingsêr dhatêng Malang.

Badhe damêl umbul pèngêtan. Amarêngi benjing dhawahing dintên pèngêtan jumênêng nata 40 taun, ing Bêtawi badhe ngawontênakên pangèngêt-èngêt awarni umbul toya muncrat ingkang agêng, manggèn wontên ing Harmonie-plein.

Jamur wêdalan ing tanah ngriki. Miturut wartos ing Pamanukan tuwin Ciasemlanden wontên ingkang ngadani damêl jamur kangge padagangan, papan ingkang badhe kangge damêl wontên 5 ha. Tumindaking damêl badhe angsal pambiyantu saking tiyang ahli, saha salajêngipun badhe kawadhahan ing blèg ingkang katindakakên dening laboratorium, salajêngipun kakintunakên dhatêng tanah ngamanca. Manawi kasêmbadan, padagangan punika sagêd ngêjori padagangan jamur wêdalan Eropa, amargi rêginipun langkung mirah.

Bab tindak ngancam kasangsaran ing kapal Surabaya. Ingajêng wontên wartos bilih ing kapal pirantos kangge pangajaran marine nama Surabaya, pinanggih wontên tindak pangancam murih kasangsaran. Ing salajêngipun manggih titikan bilih ingkang gadhah tindak wau satunggiling punggawa ingkang kacuwan saking botên nyandhak examenipun. Tiyang wau lajêng kacêpêng saha tumuntên badhe kapriksa.

Bazaar ing Ngayogyakarta. Pambikaking Bazaar ingkang dipun adani dening para muda Kristen ing Ngayogyakarta ingkang lêrêsipun wontên ing tanggal 6-7 Mèi punika, kaundurakên benjing tanggal 3-4 Juni, amargi ing wêkdal punika nyarêngi wontên sêkatèn. Ing wêkdal punika Commissie pados dêrma barang-barang ingkang badhe dipun sade wontên ing bazaar, saha ing sapunika ugi sampun kathah toko-toko, pakêmpalan-pakêmpalan ingkang ngintunakên barang-barang, pangintunipun dhatêng bazaar c/o R.S. Martawijaya ing Ngayogyakarta. Angsal-angsalaning arta wau badhe kaêdum: 1. dhatêng Chr. Sch. Ver. Sêdya-Mulya 35%, 2. Sanatorium ing Pakêm 25%, 3. Blinden-Instituut 25%, 4. Bale pêrtêmuan Kristen 15%.

Middenstandshandelsschool. Ing wêkdal punika wontên rêmbag bilih gemeente ing Bêtawi gadhah sêdya badhe ngêdêgakên Middenstandshandelsschool manggèn wontên ing Laan Holle. Waragadipun kintên-kintên f 29.220.-. Pamulangan wau ingajêng manggèn wontên ing K.W. III school ing Salemba.

Angsal sêsêbutan Dr. babagan dagang. Tuwan Jie Ting Liat, pangagênging accountants-en economische afdeeling Oei Tiong Ham ing Sêmarang, ing sapunika angsal sêsêbutan Doktor babagan dagang saking pamulangan luhur ing Frankfurt. Lulusipun wau kanthi pangalêmbana.

Comite Mêmuliakan Masjid Kaliyasa. Miturut katrangan saking comite ingkang kasêbut inginggil punika, ing bab wartos adêging comite ingkang sampun kawrat ing Kajawèn wontên gèsèhipun sawatawis, rancanganing waragad f 3500.-, botên f 35.000.- Adêging bêbadan wontên têlênging kitha Surakarta. Namaning adêging masjid wau rumiyin wana Jagapatèn.

Jawah awu ing Surakarta botên saking rêdi Mêrapi. Miturut wartos, sasampunipun dipun priksa dening Dr. Stehn, kawontênanipun jawah awu ing Surakarta sanès saking rêdi Mêrapi, awit botên wontên tandha-tandhanipun.

[Iklan]

Obor Masyarakat. Wiwit tanggal 10 Mèi 1938 punika ing Kupang wontên kalawarti enggal nama Obor Masyarakat, ingkang dipun pandhegani dening Tuwan A.Z. Palindih. Wêdalipun sawulan kaping tiga. Tumrap Timur, wontên kalawarti inggih sawêg satunggal punika.

Congres para ambtenaar B.B. Benjing tanggal 17 wulan punika ing Bêtawi wontên congresipun para ambtenaar B.B. satanah ngriki, tumrap ambtenaar bangsa Walandi kemawon 60. Congres wau ugi badhe dipun jumênêngi ing Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana.

Tatanan pangangge malêbêt dhatêng karaton. Miturut katrangan saking dhawuh dalêm B.K.P.H. Kusumoyudo dhatêng R. Prawoto Sumodilogo, sêsêpuhing pakêmpalan golongan pènsiunan, sowanipun malêbêt dhatêng karaton para golongan pènsiunan benjing congres, panganggenipun kados adat, inggih punika: 1. tumrap jalêr mangangge jangkêp, rasukan atela mawi dhuwung, botên kenging ngangge sêpatu tuwin sanès-sanèsipun. Sinjangipun botên kenging ingkang bangsaning garis miring. Kenging mangangge pantalon, nanging kêdah jas bikak mawi dasi. Botên kenging mangangge sêpatu pêthak. 2. golongan wanita kêdah gêlung agêng (gêlung têkuk). Botên kenging ngangge sêlop tuwin rasukan ingkang warninipun gumêbyar.

Commissie Volkstelling sampun ngadêg. Kala tanggal 2 wulan punika, Commissie Volkstelling sampun ngadêg, katindakakên dening Directeur van Economische Zaken. Commissie punika badhe tumindak nacahakên jiwa ing taun 1940, mawi kawontênakên sêsorah sawatawis.

Angsal bintang Roode Kruis. Anyarêngi wiyosan dalêm Sri Paduka Prinses Juliana, Roode Kruis angganjar bintang dhatêng tilas Residhèn Kêdu, tilas pangarsa Roode Kruis afdeeling Magêlang, A.A.F. Linck tuwin directeur Algemeene Volkscrediet Bank, ingkang 10 taun kêpêngkêr dados panitra Roode Kruis afdeeling Bêtawi.

Sowan audentie. Benjing tanggal 18 wulan punika, Majoor Dr. van Haselt badhe sowan audentie ingarsa dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana, kanthi dhoktêr-dhoktêr sawatawis tuwin student-student. Mênggah wigatosipun badhe gadhah panyuwun, supados student-student wêdalan G.H. sagêda malêbêt wontên ing kalangan militer, dados dhoktêr militèr.

--- 587 ---

Pamulangan luhur dhoktêr. Lulus artsexamen perangan kapisan, Tuwan-tuwan M. Juwari tuwin Pau Houw Jie. Têtêp dados arts, Tuwan-tuwan R.M. Rochiyat tuwin Li Cwan Sien.

Klèntu ngombèkakên jampi. Wontên wartos, satunggiling kêpala dhusun ing Trogong, bawah Garut, angombèni jampi dhatêng salah satunggiling anakipun agèn pulisi ingkang sawêg umur 7 taun, jampi ingkang kaombèkakên wau awarni puder strichrine, dipun wastani aspirine. Lare wau lajêng dados sakit rêkaos, salajêngipun ngajal.

Ngucik warisan f 800.000.-. Ing Bandung wontên satunggiling tiyang èstri pinanggih advocaat, milêngahakênmilênggahakên. prakawis, bilih piyambakipun punika warandhaning kaji S. kalêrês bojo ingkang anèm, ngucik têtilaran bandha ingkang kathahipun f 800.000.-. Ing sêrat paturanipun tiyang èstri wau mratelakakên bilih ingkang kasêbut ing sêrat wasiat ingkang kadamêl ingajênging notaris, ingkang piyambakipun tumut nandhatangani, punika purunipun nandhatangani jalaran saking dipun pêksa.

Pèngêtan adêging karaton Surakarta mawi pasar malêm. Benjing dhawahing pèngêtan adêging karaton Surakarta sampun 200 taun mawi kawontênakên pasar malêm. Adêging pasar malêm punika badhe angsal pambiyantu saking parentah tuwin golongan partikêlir sanès-sanèsipun. Ingkang jumênêng pangarsaning comite pasar malêm panjênêngan dalêm B.K.P.H. Hadiwijoyo.

Tindakipun Jendral Von Blomberg. Ing salêbêtipun Jendral Von Blomberg wontên ing tanah Jawi, tindak ing Wonosobo, nyare wontên hotèl Dièng. Ing wanci sontên siram wontên ing tlaga Mangli. Ing tanggal 3 Mèi tindak dhatêng papan ing parêdèn Dièng, mampir dhatêng kabudidayan tèh Tambi. Tanggal 4 dhatêng Borobudhur lajêng dhatêng Ngayogya.

Bab papan pawinihan ing bawah Bojonêgoro. Sampun dangu parentah anggalih ing bab kawontênaning para tani ing bab winih. Ing sapunika sampun kêlampahan kawontênakên ing Bojonêgoro ingkang katindakakên dening Landbouwconsulent. Tumrap winih pantun tumindakipun, ing sabên taun kawontênakên winih pantun asli saking Algemeene Proefstation, cacah 250 kilo, lajêng katanêm wontên pasitèn ingkang jêmbaripun 8 satêngah bau. Dumugining samangsa, winih wau sampun dados tikêl kaping 60 saking aslinipun. Dumugining mangsa tanêm, sagêd nyukani winih dhatêng têtiyang tani 500, ingkang pamêdalipun botên kirang saking 10.000 pikul. TacahCacah. samantên wau ingkang 5000 karimat kangge bibit malih. Tindak makatên punika sagêd nyêgah dhatêng para tani anggèning badhe tumbas wiji dhatêng para sudagar pantun. Sanadyan rêgining wiji saking Landbouwconsulent wau langkung awis, nanging para tani sampun sami pitados bilih angsal-angsalanipun badhe lajêng sae.

NAGARI WALANDI.

Paviljoen nagari Walandi ing New York. Miturut wartos, awit saking kêparêngipun nagari, architect Paul Bromberg ing Amsterdam dipun pasrahi padamêlan ngêdêgakên Paviljoen nagari Walandi wontên ing tentoonstelling ing New York, ingkang badhe dipun wontênakên ing taun 1939.

Ningali kawontênanipun kapal pêrang Java. Wontên wadyabala golongan infanterie, cavalerie, genia, musik tuwin sanès-sanèsipun cacah 150, sami minggah dhatêng kapal pêrang Java, pêrlu badhe nyumêrêpi kawontênanipun kapal wau.

Prof. Van Kan. Kawartosakên, Prof. Van Kan, Oud-Edeleer kapilih dados warga Koninklijke Ned. Academie tumrap babagan kasusastran.

Pangêcapan Zwart Front katutup. Awit saking kaparêngipun ingkang wajib, andhawuhakên supados nutup pangêcapan Zwart Front ing Breda, amargi kasêrêg babagan mêmirang tiyang.

EROPA.

Wêdhar sabdanipun Sang Hitler ing dintên agêng golongan bêrah. Dhawahing dintên agêng golongan bêrah, Sang Hitler mêdhar sabda wontên ing papan blak-blakan ing Berlin. Wêdhar sabdanipun dipun sêbar radhio dhatêng saindênging Jerman tuwin Oostenrijk, ingkang kala punika golongan bêrah sami kêklêmpakan. Mênggah wosing mêdhar sabda, ngandharakên bilih ing donya punika limrahipun sami bingung jalaran saking kathahipun tiyang angguran, nanging tumrapipun Jerman malah kêkirangan bêrah.

Pakurmatanipun Sang Hitler wontên Italie. Sang Hitler sadumuginipun Italie pêpanggihan kalihan Sang Mussolini wontên sanginggiling kapal pêrang Cavour, ingkang agêngipun 23.000 ton, ingriku dipun urmati ing panggêgananipun motor mabur militèr 200, tumrap ing sagantên wontên kapal silêm cacah 90 ugi tumut urmat. Ing pasisir kawontênakên arak-arakan agêng ingkang mawi rinêngga-rêngga ing bandera. Ing dalunipun ing pucaking rêdi Visuvius kawontênakên sorot ingkang sakalangkung padhang, anyoroti sêratan ingkang ungêlipun "Heil Hitler".

[Iklan]

ASIA.

Jêpan damêl kapal enggal. Satunggiling pabrik damêl kapal api nama Nippon Yusen Kaisa, ingkang agêng piyambak ing sanagari Jêpan badhe damêl kapal ingkang gunggunging agêngipun 221.600 ton. Kapal-kapal wau wontên ingkang kangge momotan tiyang 26.500 ton, kangge lampah dhatêng San Francisco, wontên ingkang 16.500 ton kangge palayaran dhatêng Eropa tuwin taksih wontên sanès-sanèsipun malih ingkang kangge layaran dhatêng Australie.

Bêna agêng ing Irak. Miturut wartos, lèpèn Euphraat tuwin Tigris bêna, adamêl kapitunan agêng tumrap nagari sakilèn Bagdad. Margi-margi ingkang dhatêng Damascus sami kêlêbên toya.

Têlênging dunungipun wadya Tiongkok. Ing wêkdal sapunika ingkang dados têlênging dunungipun wadya Tiongkok wontên ing Chungkin tuwin Changsha. Wadya ingkang wontên ingriku 2.000.000, sami badhe kaangkatakên dhatêng papan pabarisan paprangan, laminipun kawan wulan. Ing Chengtu ing sapunika dados papan kangge nyinau juru anggêgana, ingkang sinau wontên tiyang 6000, dipun wulang dening bangsa Roes. Golongan anggêgana punika kathah ingkang sami anglêbêti.

AMERIKA.

Botên damêl auto gagrag enggal. Miturut wartos, ing taun 1939 ngajêng punika pabrik-pabrik auto sami botên damêl auto gagrag enggal, kajawi pabrik Ford, Buick tuwin Nash.

AUSTRALIE.

Bêna Agêng. Miturut wartos, ing antawising Auckland tuwin Wellington wontên bêna agêng malih kados ingkang sampun. Wontêning bêna wau jalaran saking jawah dêrês ngantos adamêl agênging lèpèn ingkang anggêgirisi. Dhusun-dhusun ingkang kêtrajang wau ingkang ingajêng sampun kêbênan saha dèrèng dipun dandosi. Têtiyang ingkang sami kasangsaran angsal pitulungan têdha saking motor mabur.

--- 588 ---

Wêwaosan

I Lêlampahanipun Wasili, Anakipun Busli.

73

Ing kitha Nopgorod wontên tiyang sugih nama: Busli. Sanadyan umuripun Busli punika kirang langkung sampun sangang dasa taun, nanging salaminipun dèrèng nate pasulayan kalihan sasamining gêsang, amila wontênipun ing ngriku tansah ingaji-aji ing tiyang, botên jalaran saking sugihipun, utawi saking lumuhipun pasulayan kalihan sasami-sami, nanging ugi jalaran saking agênging darmanipun dhatêng sintêna tiyang ingkang ambêtahakên dhatêng pitulunganipun. Mênggah kasugihanipun Busli wau, ing saindênging kitha ngriku tanpa wontên tiyang ingkang sagêd nyamèni. Ewasamantên Busli mêksa rumaos kirang sênêng gêsangipun, awit piyambakipun botên gadhah anak jalêr, ingkang ing têmbe sagêd maris bandhanipun wau, sarta anglajêngakên darahipun. Siyang dalu Busli tanpa wontên pêdhotipun anggèning nênuwun dhatêng ingkang Murbèng Kuwaos, mugi-mugi sagêda pinaringan turun. Dilalah karsaning ingkang Kuwaos, sarêng Busli sampun umur sangang dasa langkung, lajêng pinaringan anak jalêr, ingkang bagus warninipun, amila bingahipun Busli tanpa upami. Nanging sarêng lare wau jangkêp umur pitung taun, dumadakan bapakipun lajêng tilar donya, ingkang salajêngipun lare wau nuntên dipun gulawênthah dening biyungipun ingkang nama Waramameliyah. Dene lare jalêr anakipun Busli wau dipun namakakên Wasili.

Sangajalipun Busli, Waramameliyah lajêng ngundang guru ingkang sampun mumpuni ing sadaya kawruh, sarta ingkang lajêng kajibah nyukani piwulang dhatêng Wasili saprêlunipun. Ing ngriku têtela bilih Wasili punika lantip sangêt, ingkang anjalari sakêdhap kemawon gurunipun sampun botên sagêd suka wulangan malih. Salajêngipun Wasili nuntên angsal wulangan nêmbang tuwin angrumpaka. Jalaran saking saening suwaranipun, Wasili wau lajêng kapatah dados tukang têmbang ing salêbêtipun Greja agêng.

Kacariyos sarêng Wasili sampun jangkêp umur kalih wêlas taun, ingkang dipun sênêngi kaluyuran wontên ing margi-margi agêng sarta dolan kalihan lare-lare ingkang sakintên sami umuripun. Nanging caranipun dêdolanan Wasili punika beda sangêt kalihan lare-lare sanèsipun. Sabab botên namung kêkiyatanipun ingkang ngungkuli lare-lare sajajaripun, sanadyan para tukang bithèn ingkang sampun misuwur ing salêbêtipun kitha Nopgorod ngriku, mêksa botên wontên ingkang sagêd anandhingi mênggahing kalangkunganipun Wasili wau. Manawi Wasili nyandhak tanganipun lare, kenging dipun tamtokakên mêsthi putung tanganipun, manawi ingkang kacandhak sukunipun, lare wau mêsthi lajêng buntung, dene sintên ingkang dipun dhawahi bithi ing sirahipun, mêsthi sirahipun wau lajêng pothol saking badanipun. Samantên mênggah kalangkunganipun Wasili wau. Jalaran saking makatên punika, andadosakên nêpsunipun têtiyang ing kitha Nopgorod ngriku. Salajêngipun têtiyang wau nuntên amanggihi Waramameliyah amadulakên lêlampahanipun anakipun, inggih pun Wasili wau. Mênggah cariyosipun têtiyang punika makatên:

Mugi sampun andadosakên kagèting panggalih panjênêngan, Waramameliyah, dene kula sadaya sêsarêngan sowan ing ngarsa panjênêngan punika. Mênggah sowan kula sadaya mriki punika botên sanès namung nyuwun pitulungan panjênêngan, supados panjênêngan krêsa angèngêtakên dhatêng putra panjênêngan sampun ngantos kalajêng-lajêngakên anggènipun gadhah tindak nganiaya dhatêng anak-anak kula sadaya, awit jalaran saking panganiayanipun putra panjênêngan wau, kathah lare ingkang dhawah ing pêjah, tuwin buntung suku lan tanganipun. Dene manawi panjênêngan botên sagêd angèngêtakên dhatêng putra panjênêngan, mugi sampun pisan andadosakên panggalih panjênêngan, putra panjênêngan mêsthi lajêng badhe kakrubut ing tiyang sakitha, saha lajêng badhe kalêlêb-lêlêbakên ing lèpèn Wolso.

Sarêng anakipun wangsul ing griya, sêmu susah Waramameliyah lajêng anyariyosakên makatên:

O, Wasili, anaku, geneya kowe têka mêmatèni utawa amrotholi sikil utawa tanganing bocah-bocah kang padha dolan ing dalan. Ambok tirunên kalakuwane swargi bapakmu, kang umure nganti luwih saka sangang puluh taun, ewasamono durung tau pasulayan karo sapadhaning urip. Mulane swargi bapakmu kuwi iya diaji-aji bangêt ing wong akèh. Nalika umure padha karo kowe wêktu saiki kiyi, swargi bapakmu wis anduwèni bala sawatara cacahe, lan sarana balane wau dhèwèke bisa numpês golonganing wong kang nêdya ngrusak mênyang agamane dhewe iki. Balik kowe, babar pisan ora duwe mitra. Yèn wong-wong nêdya milara nyang kowe, sapa kang nêdya arêp nulungi kowe. Seje prakara, yèn kowe duwe bala, mêsthine bakal bisa ananggulangi wong-wong kang nêdya siya nyang kowe. Badhe kasambêtan.

--- 73 ---

Nomêr 19, 11 Mèi 1938, taun III.

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn juru pangripta: Rr. Siti Mariyam, kawêdalakên sabên Rêbo.

Kagunan Nyêrat (Ambathik Tumrap Wanita Jawi).

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 36

Nanging sanajan makatêna, panuwun kula dhatêng para wanita Jawi, prakawis kagunan nyêrat sinjang, sami karsaa nêngênakên kadosdene kagunan mônca ingkang sampun kula aturakên. Dhasar punika kagunan Jawi kina têtilaranipun lêluhur, pantês dipun lêluri kadosdene kabudayan bêksa ing jaman samangke, sami dipun gêgêsang dening sadhengah, ing ngriku sami awêwaton, nglêluri kabudayan Jawi kina ingkang murni.

[Grafik]

Biyang Marta Sleman.

Tumrap ing praja Kajawèn Ngayogya tuwin Surakarta pawèstri botên sagêd ambathik punika lôngka-lôngka. Trêkadhang ingkang botên sagêd babarpisan, sok lingsêm yèn ngakêna botên sagêd, awit sok dados cacadan. Langkung-langkung para putrining priyantun, inggih priyagung luhur utawi priyantun limrah, racak sami sagêd ngasta nyêrat sinjang. Saking awig lan alusing sêratanipun, ngantos dipun basakakên: bathikane bisa ngidung, lung-lungane bisa ngigêl, sawate bisa anggrudha, babarane kaya prada. Sawênèh dipun basakakên: kawung kêdhotan, nitik Dipawinatan, sêmèn kangjêng ratu lan sapanunggilanipun. Mila makatên, sinjang ingkang pèni punika, tukipun (polanipun) racak saking kraton, ingkang ngasta nyêrat para bandara gusti, para putra wayah lan santana dalêm, mila layak kemawon yèn sêratanipun sok dados kêmbang lambening akathah. Ngantos para bakul wade-wade punika yèn nawèkakên daganganipun sami akêkudhung walulang macan, punika nyamping tus saking kraton. Ingkang ngasta nyêrat bandara radèn ayu anu, kangjêng ratu anu, kêmbaranipun punika kagêm kangjêng pangeran anu, makatên sapiturutipun mamrih sagêdipun minggah rêgi.

Miturut katêrangan ing nginggil cêtha pawèstri punika [puni...]

--- 74 ---

[...ka] kêdah sagêd ambathik. Kangge tanah Ngayogya Surakarta, kasagêdan ambathik punika sok mêwahi aruming asmanipun bok mas bèi anu kae bathikane kranjingan têmênan (lo, sampun anjênggirat, kranjingan punika dhialèk Sala, têgêsipun sae sangêt) lagi wujud bathikane bae wis bisa ngidung. Iya bêgjane kakunge, yèn ngagêm nyamping mêsthi bisa ngigêl. Badhe kasambêtan.

Biyang Marta Sleman.

Bab Olah-olah.

Gudhêg

Anggodhoga ulam ayam rumiyin, kairis-irisa dados pintên-pintên iris, ing sapantêsipun. Toyanipun sampun ngantos kêladukên, tuwin mawi dipun dèkèkana sarêm sawatawis. Tumuntên anggodhoga gori ingkang sampun dipun oncèki lan dipun irisi agal-agal (dados botên dipun cacah) manawi sagêd mawi dipun uworana pradapaning kusambi (bongkoting gagang kaklêmpakna lajêng tinangsulan kados makatên punika nama dipun halub-halubi). Mila pradapa kusambi mawi dipun untingi, prêlunipun bilih dipun êntas saking halub-haluban gampil anggènipun miyambak-miyambakakên, amargi irisan gori wau kêdah mawi dipun dhêplok rumiyin namung runyah-runyah kemawon (sampun ngantos kêlêmbatên).

Sasampunipun tumuntên angracika bumbu: sarêm, traos, brambang, bawang, tumbar, jintên, tempe bosok, kêmiri, salam laos, kacolok gêndhis jawi, sadaya wau kajawi salam laos sami kaulêga ingkang lêmbat.

Manawi panggodhogipun ulam kintên-kintên sampun tanak, lajêng kacêmplungana gori ingkang sampun kadhêplok lan pradapa kusambi, untinganipun sami kauculana (samantên wau yèn mawi godhong kusambi), yèn sampun umob lajêng kacêmplungana bumbu salam laos kakatutna sarêng, nuntên kaudhaka ingkang napis, manawi sampun umob malih, tumuntên dipun santênana kênthêl, lan kêdah kêndêl dhatêng santên (têgêsipun kathah). Bilih sampun umob panggêng, lan duduhipun sampun papak ampasipun (gori) mratandhani yèn sampun tanak, nuntên kaêntasa. Manawi gudhêg wau kaangkah sagêda kangge sadintên kalih dintên (kawayokakên) prayoginipun kêdah kawungkusana, lajêng dipun dang utawi dipun langsêng, ingkang ngantos tanak, titikanipun, anggêr godhong wungkusanipun wau sampun matêng inggih sampun tanak, amargi lawuh duduh-duduhan punika yèn amung nyêmêk-nyêmêk kemawon, môngka dipun êngêt wontên ing anglo, wontêna ing panci, wontêna ing kuwali, tamtu lajêng sangit.

Nyi Pranata.

--- 75 ---

Wangsulan dhumatêng Sadhèrèk Wara Marta Sleman Bab Kamajêngan Cêngkah Kasusilaning Wanita.

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 36

Dados bilih ngantos wontên sadhèrèk kula wanita kawêdal panyaruwe lan panyedanipun dhatêng para kadang kula wanita mudha ingkang sami sumêdya badhe anggêbyur ing kalanganing sêsrawungan mardika, lan sêngit dhatêng tindak-tandukipun ingkang ginalih nyêbal saking kasusilaning kabangsan, punika cêtha yèn amung anggêga karsa priyôngga, botên kapanggalih ingkang panjang lan botên karsa madosi punapa ingkang andadosakên sabab-sababipun dene ngantos wontên kadadosan kawontênan lan lêlampahan kados makatên wau. (mriksanana kados katrangan kula ing nginggil).

O, sadhèrèk, mila awrat lan gawat saèstu tinitah dados wanita punika, langkung-langkung gêsang wontên ing jaman samangke punika, kenging kawastanan; ewuh aya ing pambudi, tandhanipun: ngene dièncêpi, ngono dipleroki. Ing môngka yèn ngèngêti wulanging para sagêd, sadaya bôngsa ingkang sami ngudi dhatêng mulyaning bangsanipun punika, paugêran ingkang nomêr satunggal wontên ing wanita, jêr wanita makatên sajatosipun dununging sadaya babagan ingkang wigatos piyambak, langkung-langkung tumrap dhatêng panggulawênthahing putra, sanyata botên kenging ginagampil. Dados yèn kula para wanita kawontênanipun namung tansah plerok-plerokan, poyok-poyokan, prêngut-prêngutan lan sapanunggilanipun, gèk lajêng benjing punapa sagêd kula badhe sajajar drajatipun kalihan sanès bôngsa, jêr sawêg sami bôngsa piyambak kemawon sampun kados makatên, dêstun malah saya ingèsi-èsi dening liyan bôngsa. Awit saking punika panyuwun kula dhumatêng para kadang kula wanita golongan sêpuh lan ênèm, mugi sami ngêgungna samudra pangaksama, sampun pisan-pisan ngantos pradondi, jalaran namung sabab saking sapele. Ngèngêtana yèn kula wêkdal samangke punika bêbasan lumampah ancik-ancik pucuking êri, namung wajibipun ingkang rumaos kajibah dados sêpuh paring pamuji lan pangèstu, sawangsulipun para anèm ingkang sami sumêdya anggêbyur ing kalanganing sêsrawungan mardika prêlu kangge pancadan panjunjunging bôngsa, inggih sampun pisan ngantos kasupèn dhatêng wajibing putri sajati, ngèngêtana ajining dhiri saka sukcining ati. Dados samôngsa sadhèrèk kula wanita mudha tansah èngêt dhatêng piwulang wau, mêsthi badhe ical was-sumêlanging panggalih lan sanès-sanèsipun, awit sadaya lêlampahaning dhiri pribadi punika enggal dangunipun mêsthi badhe pinanggih, têgêsipun: sing sapa ala bakal katara, sing sapa bêcik bakal katitik, bebasanipun Mêlayu inggih sampun mungêl: "sebaik-baiknya menyimpan barang busuk, lambat laun tentu akan berbau juga". Dados saupami ngantos wontên lêlampahan utawi kadadosan ingkang damêl marosoting drajat kula wanita wontên ing kalanganing sêsrawungan mardika, punika satunggaling tôndha yêkti yèn ingkang tumindak makatên wau satunggaling tiyang ingkang pancèn sampun anggadhahi dhêdhasar [dhêdha...]

--- 76 ---

[...sar] awon kalakuwanipun wiwit alit mila. Awit dhêdhasar awon ingkang tuwuhipun wiwit alit mila, sanajan dipun tanggulangana kanthi winêlêg ing pangajaran ingkang ngantos kadospundi kemawon, inggih mêksa botên sagêd badhe sirna babarpisan, awit watakipun dhasar, pancèn botên purun kawon kalihan pun ajar.

Awit saking punika, saking pamanggih saha wawasan kula tumrap dhatêng para kadang kula wanita mudha ingkang sami sumêdya nututi ajênging jaman, kangge anjunjung drajating bangsanipun, kados botên prêlu kagungan was sumêlanging panggalih utawi kengguh sarta kandhêg dening panyaruwe lan panyedaning sanès, awit samôngsa ngantos kengguh sarta kandhêg, masthi botên badhe kadumugèn sêdyanipun. Namung sarèhning tumindak ingkang badhe linampahan wau pancèn anglangkungi margi ingkang sakalangkung gawat lan rumpil saèstu, mila gêgaman kangge nanggulangi nyirnakakên sakathahing rêridhu godha rêncana, botên sanès kajawi namung tigang prakawis, inggih punika 1. prayitna, 2. waspada, 3. dêduga lan prayoga. Gêgaman tigang prakawis wau yèn linaras lajêng cundhuk kalihan dhawuh pangandikanipun putri kula pinunjul suwargi R.A. Kartini, ingkang cara Jawinipun kirang langkung makatên: waspada dhatêng dhiri pribadi, atêgês nama botên nyapèlèkakên sarira, malah punika satunggaling margi kangge anggayuh dhatêng pandamêl ingkang mulya.

Bok Sri, W. Rêmbang.

Sinjang Cuwiri.

Sinjang cuwiri punika golongan sêratan kina, latar cêmêng, ingkang sêratanipun kapetang ngrêmit, panyêratipun sarana polan.

Mênggah cêthaning pamola. Polaning sinjang katèmplèkakên ing montên, ingkang wujudipun kados gambar punika, nanging pamolanipun namung dumugi sapalihing êlar tugêl sapalih ing sêratan ingkang wangun sikon, salajêngipun dipun têkuk malih, dipun êblakakên saking palihaning êlar wau, salajêngipun têrus dipun êblak minggah mangandhap tuwin mangiwa manêngên. Dados wujuding gambar punika kapêndhêt wêtahipun, murih pantêsipun kemawon.

[Grafik]

TêmtungTêmbung. cuwiri, punika têgêsipun: ukir-ukiran, lung-lungan tuwin ngrawit. Miturut gotèk, ing kinanipun sinjang wau namung kagêm wontên salêbêting karaton. Dados pancèn sinjang adèn. Sinjang wau sarwa luwêsan, mathuk dipun kanthèni pangagêman punapa kemawon, botên pilih kakung putri.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 39, Stu Wa, 14 Mulud Jimawal 1869, 14 Mèi 1938, Taun XIII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [589] ---

Ôngka 39, Stu Wa, 14 Mulud Jimawal 1869, 14 Mèi 1938, Taun XIII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt - Ngemba Rekadayanipun Dr. Pasteur - Kasusilan - Pajagèn Bêbaya ing Gêgana - Bausastra Dr. Pigeaud - Kawontênan ing Eropah - Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Têdhak dhatêng Jawi Wetan - Kabar Warni-warni - Taman Bocah.

Pangungsêt

Nyumêrêpi dhatêng Tindakipun Piyambak.

Tiyang sagêd nyumêrêpi dhatêng tindakipun piyambak punika nama satunggiling kanugrahan tumraping kabatosanipun. Nanging inggih nama anèh saupami tiyang botên sumêrêp dhatêng tindakipun piyambak, awit nama dipun lampahi sabên dintên, upaminipun wiwit tangi tilêm ngantos dumugining tilêm malih, punika namung sarwa tumindak, dados ing salêbêtipun mêlèk namung tansah nyumêrêpi dhatêng lêlampahanipun.

Mênggah ingkang dipun kajêngakên, nyumêrêpi punika botên anggènipun tansah niti dhatêng tindakipun, awit manawi makatên, namung badhe dados tiyang ingkang ngrêgiyêg nyambut damêl tanpa kèndêl. Cêthanipun makatên: tiyang ingkang nama nyumêrêpi dhatêng tindakipun piyambak punika, tiyang ingkang botên pangling dhatêng pandamêlipun, ingkang dipun wastani botên pangling punika, manawi kataman ing sabab, kêdah kaantukakên bilih sabab punika pinanggihipun saking wohing pandamêlipun.

Nanging manawi ngèngêti, wataking tiyang punika lumuh dipun wastani awon, kajêngipun namung botên purun kataman ing awon, sabên kataman ing sabab malah lajêng tuwuh anggèning nêdya nanggulangi sampun katabêtan ing awon utawi lêpat.

Ing ngriki punika lajêng katingal watêsing raos lair tuwin raos batos, nanging muluking budi sêdyanipun namung dhatêng ing tata kalairan, awit ngrumaosi manawi anggèning nêdya uwal saking pandakwa awon punika saking kumêdah-kêdah supados botên asor darajatipun. Awit tiyang asor darajatipun punika inggih têgês asor sadayanipun.

Cobi tumraping batos, manawi nandhang kalêpatan tuwin sabab, punika ingkang dipun gagapi tansah batosipun, manawi nyatanipun lêrês, dipun tampi sukur, manawi nyata lêpat, inggih sukur, kajênging sukur ing lêpat wau, têgês ngajêngi dhatêng kalêpatan.

Manawi raos kados makatên punika sagêd kasarira, adhakan dados tiyang botên kagetan.

Cêkruktruna.

--- 590 ---

Bab Kasarasan

Ngemba Rekadayanipun Dr. L. Pasteur.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 34

Wontên ingkang patitis sanalika sagêd nêtêpakên, wontên ingkang ngatos-atos kanthi dipun manah-manah rumiyin, awit wontên ugi ingkang gumantung saking awrat ènthènging sêsakitipun.

Sanajan dhoktêr pamriksanipun tiyang ingkang sakit punika prêlu nêtêpakên sêsakitipun, nanging ingkang sakit limrahipun botên mêrduli, awit ingkang dipun ajêng-ajêng namung sagêda enggal saras kemawon.

Caranipun ing bab kawruh kadhoktêran, yèn dhoktêr mriksa tiyang sakit, môngka botên sagêd nêtêpakên sêsakitipun, punika asring botên sagêd anjampèni ing salêrêsipun. Mênggah pamanggih kula punika namung saking kalêrêsan kemawon, awit pancèn inggih kathah dhoktêr ingkang sampun paham ing praktijk, manawi mriksa tiyang sakit sanalika lajêng sagêd ngintên: lan nêtêpakên sêsakitipun, ingkang salajêngipun anjampèni ingkang sakit inggih saras saèstu, paribasan utawi ucap-ucapan cara Jawi: tiyang jêjampi punika jodhon. Têmbung jodho tumrap bôngsa kula Jawi pancèn asring pinanggih nyatanipun, asring kemawon tiyang sakit dipun garap dhoktêr ingkang pintêr botên sagêd saras. Sarêng sampun dipun jampèni dhoktêr limrah ingkang botên misuwur pintêr sagêd saras. Ingkang makatên punika kathah ingkang sampun kula sipati, nanging botên prêlu kula aturakên lan kula andharakên malih ing Kajawèn ngriki, kajawi makatên, bab punika anggêpok padamêlan kula piyambak, bokbilih para maos anggalih kula pamèr utawi sanèsipun.

Dhoktêr mriksa tiyang sakit kalihan titi ngantos sagêd nêtêpakên sêsakitipun (goede diagnose stellen) punika pancèn prêlu utawi mitulungi sangêt, kados ta tiyang ingkang miwiti sakit t.b.c. ing kêbuk, yèn sagêd konangan tumuntên dening dhoktêripun, punika lajêng sagêd kajagi lan kajampenan, punika ingkang sakit asring sagêd saras.

Tiyang ingkang sakit urat pipaning êrahipun sami mrupuk (slagaderverkalking) punika yèn tumuntên konangan dening dhoktêripun verhoogdebloedsdruk kapriksa mawi bloedsdrukmeter, manawi dhoktêripun mangrêtos lajêng sagêd ngupadosi sababipun, punapa saking syphilis (50%) utawi sanèsipun, ugêr ingkang sakit taksih ênèm dipun tanggulangi sêsakitipun inggih sagêd saras, bloedsdruk-kipun sagêd mandhap dados normaal. Sanajan ingkang sakit wau sampun sêpuh yèn dipun jampèni ingkang mathuk (jodho) inggih sagêd wêwah umuripun botên tumuntên ngajal. Upami sêsakitipun (verhoogdebloedsdruk) botên konangan dening dhoktêr ingkang ngupakara tiyang ingkang sakit wau, lan botên jêjampi ingkang lêrês, sanajan ingkang sakit taksih ênèm, adat lajêng cêlak umuripun. Wontên ugi tiyang ingkang sakit verhoogdebloesdruk jalaran sabab sanès ngantos sêpuh botên [botê...]

--- 591 ---

[...n] kraos sakit utawi sanèsipun.

[Iklan]

Mila sapintên gênging panuwunipun para dhoktêr dhatêng Dr. Wassermann dene tiyang utawi dhoktêr sapunika sami sagêd sumêrêp wontênipun sêsakit, syphilis ingkang ambêbayani, ingkang suwau dhoktêr asring botên sagêd nêtêpakên sakitipun tiyang wau lêrês syphilis utawi botên.

Tigang dasanan taun kapêngkêr para dhoktêr anjampèni tiyang sakit syphilis punika mawi kwik (rasa) awit ing wêkdal samantên jampi rasa wau pancèn mustajab sangêt.

Dr. Hunter nyobi awakipun dipun tulari wisa syphilis, awit saking pitadosipun dhatêng jampi rasa, rumaosipun dipun jampèni kwik punika têmtu sagêd saras saèstu. Wasana Dr. Hunter wau lajêng sakit jantungipun (hart) ngantos dados tiwasipun. Bokmanawi sêsakitipun syphilis ingkang sangaja dipun tularakên wau lajêng nrajang ing jantungipun.

Tandhanipun tiyang ingkang sakit syiphilis dipun jampèni kwik katingalipun sampun saras, nanging sarêng dipun priksa sarana W.R. taksih pinanggih positief, dados nyata yèn ingkang sakit wau dèrèng saras saèstu, baksilipun spirochoete pallida pancèn taksih wontên ing êrahipun ingkang sakit.

Kathah kemawon tiyang sakit syphilis dipun jampèni saras, nanging lajêng thukul sêsakitipun ing utêg (hersen) ing tangsul raos (zenuwen) utawi ing sungsumipun, sabab saking syhipilis wau.

Sumadirja. Ind. Arts. Sêmarang. [Sêmarang...]

--- 592 ---

[....]

Wulang Sae

Kasusilan

Dening Radèn Tumênggung Arjaprakosa, ing Surakarta.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 38

Dene têmbung: krama, punika wardinipun: dhaup. Srawungipun dhatêng liyan, punika botên ngêmungakên tandangipun raga kemawon, nanging ugi mawi: wicara, kalangkunganipun wicara, punika sagêd ngucapakên têmbung alus, luwês sarta sagêd matrapakên unggah-ungguh mêmpan mapanipun, kanthi ulat manis. Aruming wicara punika sagêd nyênêngakên dhatêng liyan. Sarèhning prakawis punika botên gampil, amargi kêdah sagêd nêlukakên manahipun piyambak, utawi momot, mila kalangkunganipun wicara wau sinêbut: wirama. Botên beda kados ungêling gôngsa, ingkang sagêd nyênêngakên punika, bilih panabuhipun sagêd runtut larasing wiramanipun. Dados têrangipun tatakrama punika, anggadhahi têgês utawi pikajêng: dhauping tatanan: inggih punika srawunganipun kalihan tiyang sanès. Patrap sarta wicaranipun sagêd nandukakên mêmpan papanipun, kanthi unggah-ungguh.

Sasampunipun kita sagêd nandukakên trapsilaning tatakrama, samangke kantun anggarap saprakawis, inggih punika bab susilaning pamanahan. Ing ngajêng sampun kapratelakakên, bilih pamanahan ingkang susila, punika ingkang ambangun turut, bêkti dhatêng Pangeran Ingkang Mahaluhur, bêkti dhatêng lêluhuripun, bêkti dhatêng ingkang pantês dipun aji-aji, tuwin bêkti dhatêng kautamèn. Sadaya wau kenging kula ringkês, susilaning manah punika anggadhahi têgês panêmbahing raos.

Anglajêngakên rêmbag prakawis tatakrama, kathah ingkang gadhah pangintên bilih dêlêging kasusilan punika, namung dumunung ing tatakrama kemawon. Pangintên ingkang makatên punika taksih dèrèng lêrês, amargi tatakrama punika namung kangge sarana panggandhèng, srawungipun satunggal kalihan sanèsipun tiyang, mênggah ingkang dipun wastani kasusilan punika wiyar têbanipun, kula cêkak sumrambah dumunung wontên ing mobah-mosikipun manusa ingkang gumêlaripun beda-beda, kados ingkang sampun kula aturakên ing ngajêng. Nanging tatakrama wau satunggaling prakawis ingkang langkung rumiyin kêdah dipun sinau ngantos sagêd, amargi tiyang gêsang punika rintên dalu tansah srawung kalihan tiyang sanès. Bilih kirang sagêd matrapakên tatakrama saèstu sabên dintên badhe tansah nalisir saking kasusilan, ingkang dumunung wontên ing tatakrama. (Panêraking kasusilan punika wontên kalanganing agami dipun wastani dosa).

Wontên pitakenan: kadospundi sagêdipun kadunungan pamanahan ingkang susila.

Jawaban: prakawis ingkang rungsit sarta wigatos punika, lêrêsipun kêdah dipun sinau wiwit lare, kapara botên ngêmungakên bab pamanahan kemawon, ananging ugi prakawis tatakrama, wiwit lare kêdah dipun sinau. Mila para ibunipun lare-lare, [la...]

--- 593 ---

[...re-lare,] punika ingkang wajib mulang-wuruk wiwit lare ngantos dumugining diwasa, mila prakawis kasusilan kêdah rumasuk wontên ing balung sungsumipun para wanita, murih botên kidhung anggèning anggulawênthah sutanipun.

Dene prakawis kasusilan, punika ugi botên wontên kasèpipun sanajan dipun sinau dening ingkang sampun diwasa. Mênggah katranganipun anggèning nyinau makatên: sabên dintênipun wanci ingkang sêla, ngèngêtana (ngeling-eling) dhatêng sipat-sipat kêagunganipun Pangeran, kados ta: Mahasuci, Mahakuwasa, Mahaluhur, Mahamurah, Maha-asih, Maha-adil, Ngapura, Wicaksana, sapiturutipun, sinarêngan mangun watak têmên, narima utawi sabar. Sintêna ingkang sabên dintên angeling-eling prakawis sipat-sipat kaagunganipun Pangeran, punika ing manah lajêng kagugah runtutipun dhatêng ka-Pangeranan. Bilih manahipun sabên dintên katêtangi dhatêng runtutipun sipat-sipat kaagunganipun Pangeran, têmahan manahipun lajêng sagêd kadunungan kasusilan, amargi kasusilan punika, saperangan sipatipun Pangeran.

Kasusilan nyata wigatos, kasusilan nyata dados wêwatoning anggêr-anggêr gumêlaripun buwana, pramila botên gampil ginayuh. Para brayat agêngipun bôngsa ingkang darajatipun wontên larikan wingking, bilih brayat utawi bôngsa wau jalêr èstri sami saiyêg anggayuh dhatêng kasusilan ngantos kacêpêng, punika badhe sagêd anggèrèt majêng darajatipun brayat utawi bôngsa wau, jalaran para sutanipun brayat utawi bôngsa wau, badhe dados tiyang ingkang sae-sae, rahayu tuwin luhur bêbudènipun. Prakawis punika sampun anglênggahi manut wêwatoning anggêr-anggêr kasusilan, sintêna ingkang luhur pandamêlipun sarta luhur bêbudènipun adhêdhasar kasusilan, badhe manggèn wontên ing larikan ngajêng.

[Iklan]

Kados wangsulipun sintêna brayat utawi bôngsa ingkang sampun manggèn wontên larikan ngajêng môngka brayat utawi bôngsa wau risak kasusilanipun, punika kantun ngêntosi môngsakala, brayat utawi bôngsa wau badhe kaplorot drajatipun manggèn wontên larikan wingking. Prakawis punika kathah têtuladanipun, kula piyambak ugi asring nyumêrêpi brayat-brayat ingkang minggah drajatipun, punika mênggah jalaranipun botên liya inggih namung saking anggèning nêtêpi kasusilan. Badhe kasambêtan.

--- 594 ---

Pajagèn Bêbaya ing Gêgana

Sambêtipun Kajawèn nomêr 37.

Panulakipun Bêbaya Gas Racun.

Para maos punika sampun priksa dhatêng watak lan dayanipun gas-gas racun ingkang prêlu dipun mangrêtosi, punika sampun ngirangakên agênging bêbaya. Pangrêtosan wau sampun sagêd angicalakên kasamaran, ingkang damêl bingung bilulungan, angrisakakên tata têntrêm, wusana namung angagêngakên ing bilai. Makatên ugi gas bom punika awit rêginipun, dados botên badhe dipun bucal sakenging-kengingipun. Mila prayogi kula têrangakên sakêdhik ing ngriki.

Anggèning andamêl kandêl 1/400 wontên salêbêting hawa 1 m3 kêdah ngangge chloor 2.5 l = 10 g. Ing wêkdal pêrang agêng, bôngsa Prancis ngangge mimis caliber 75 mm., isinipun gas 0.75 kg, dados dayanipun namung nyêkapi kangge ing hawa kintên-kintên 75 m3 (upami 5 x 5 x 3 m3 ).

Mimis isi mosterdgas ingkang agêngipun 75 mm. namung sagêd ngracun siti ingkang têbanipun kintên-kintên 20 m2 = 5 x 4 m2. Pintên kathahipun mênawi kangge ngracun nagari, punika para maos sagêd ngintên-intên piyambak.

Panjênênganipun Tuwan Dr. J. Visser ngandharakên wontên ing Politiegids No. 12 Dhesèmbêr 1936 prakawis gas racun ingkang kadamêl pêrang wontên ing Ngabêsi, kirang langkung makatên: manawi tiyang Ngabêsi sami ngrêtos dhatêng gas racun, botên sande motor-motor mabur ingkang kangge nyêmprotakên mosterdgas tamtu sami wangsul tanpa damêl, bokmanawi malah sagêd ugi botên dhatêng babar pisan.

Minôngka pasaksèn, mênggah saenipun istiyar pajagèn punika makatên:

[Grafik]

Draeger zuurstof masker, kakiyatanipun 1 jam.

Kala bôngsa Jêrman migunakakên gas kapisanan ing taun 1935, prajurit Inggris ingkang kalimput gas, ingkang sami tiwas wontên 33%. Ingkang têmbe sarêng têtiyangipun sadaya sampun tutupan rai, lajêng suda namung kantun 18%. Ing taun 1918 nalika ngangge mosterdgas dipun tamakakên agêng-agêngan ngantos kaping kalih, prajurit Prancis lan Inggris ingkang dumugi ing tiwas namung 6% lan 2 1/2% sami kalimput ing gas, awit wêkdal samantên topèng gas sampun pinanggih sae.

Mênggah pangudi panjaganipun bêbaya gas punika kenging kaperang dados kalih:

1. Panjagi kangge piyambakan (tiyang satunggal).

--- 595 ---

2. Panjagi kangge tiyang kathah.

1. Panjagi kangge tiyang satunggal.

Mênggah cêthanipun kêdah mêndhêt pola kawontênanipun pêrang agêng ing taun 1915, nalika bôngsa Jêrman migunakakên chloor lan choorpicrine. Ing kala punika sarêng sampun sawatawis dintên malih prajurit Inggris lan Prancis sami dipun montên awis-awis rangkêp, prêlunipun manawi wontên gas dhatêng lajêng dipun têlêsi toya kangge nutupi cangkêm tuwin irung. Ing têmbe lajêng mawi montên lapisan ingkang sampun dipun cêlup ing natriumthiosulfaat (kangge nawarakên chloor). Mripat dipun ênggèni kaca mripat ingkang sagêd nutup rapêt, ing têmbe malih jampi wau dipun wêwahi sodhah. Tumrap gas phosgeen ingkang kangge nawarakên urotropin.

Montên rangkêp-rangkêp kacêlup thriosulfaat lan urotropin punika kangge anjagi sampun ngantos kalêbêtan gas racun, sampun kanyatan agêng pigunanipun. Bokmanawi ing têmbe, manawi wontên prêlu, kangge tiyang limrah sagêdipun mitulungi namung mawi punika. Topèng gas rêginipun awis, dados ingkang sagêd ngangge namung saradhadhu (militair), punggawa luchtbeschermingsdienst lan tiyang ingkang kacêkapan kemawon.

Topèng Panulak Gas Racun (gasmasker).

Dongènganing bab ajêngipun tiyang damêl topèng panulak gas racun, punika botên badhe kula têrangakên ing karangan ngriki. Ingkang prêlu kasumêrêpan inggih punika: warninipun topèng-topèng ing wakdal punika, bageanipun, punapa ingkang dipun damêl lan kanggenipun.

[Iklan]

Topèng ingkang sampun dipun akêni saenipun dhatêng para sarjana bôngsa warni-warni, inggih punika topèng ingkang sagêd anutupi rai, wiwit bathuk langkung ing pilingan, dhatêng wingking janggut. Dene ingkang dipun damêl karèt, ugi wontên ingkang wacucal. Topèng wau dipun tangsuli mawi kêndhit (band) ingkang sagêd kaulur lan kaungkrêd, lan kêndhit-kêndhit wau têmpuk dados satunggal, manawi dipun angge prênahipun wontên ing wingking sirah. Kalêrês ing mripat, dipun sukani kacamripat agêng, pamasangipun mawi uliran, dados gampil dipun bikak lan dipun santuni. Ing perangan ngajêng irung wontên pipanipun tosan mawi uliran, kangge masangi bumbungan saringan hawa, utawi pipa karèt ingkang kasambêt kalihan gêndul zuurstof utawi bumbungan saringan wau.

Sanginggiling janggut utawi ing sakiwatêngênipun, dipun êtrapi ventiel kangge ngêdalakên napas ingkang mêdal. Wontên ugi topèng ingkang tanpa ventiel, ing wingking badhe kula têrangakên.

R. Pringgadiharja, Leider gas sectie G.G.D. Bat.

--- 596 ---

Bausastra Dr. Pigeaud

Badhe nyumêrêpi kathah kêdhiking paedahipun bausastra damêlanipun Tuwan Dr. Pigeaud, punika prayogi katandhing kalihan bausastra panunggilanipun, ingkang sampun wontên, inggih punika bausastra karanganipun Tuwan J. F. C. Gericke lan T. Roorda saha bausastra anggitanipun Tuwan P. Jansz.

Prêlu ing ngriki kula aturakên, bilih sêrat-sêrat bausastra wau pancèn botên mligi anyêkapi kabêtahanipun bôngsa kula Jawi, inggih punika bôngsa kula Jawi ingkang botên ngrêtos basa Walandi. Sêrat bausastra Gericke lan Roorda botên kangge bôngsa Jawi. Tiyang Jawi ingkang babarpisan botên ngrêtos basa Walandi, sagêdipun namung maos têmbungipun, awit têmbungipun kasêrat mawi aksara Jawi. Nanging kadospundi têgêsipun têmbung wau, botên sagêd sumêrêp, awit katranganipun kawrat ing basa Walandi. Makatên ugi bausastra karanganipun Tuwan P. Jansz, ingkang kadamêlakên pancèn inggih namung bôngsa Walandi, inggih punika bôngsa Walandi ingkang sami sinau basa Jawi. Nanging sanadyan bakuning sêdya ingkang dipun damêlakên namung bôngsa Walandi ingkang sami gêpokan kalihan basa Jawi, nanging bôngsa Jawi piyambak yêktosipun ingkang sagêd tumut ngangge, inggih punika bôngsa Jawi ingkang ngrêtos dhatêng basa Walandi, upaminipun priyantun guru, priyantun B.B, dhoktêr, opsihtêr, priyantun-priyantun ingkang wêdalan saking H.B.S, saking A.M.S. lan sapanunggilanipun. Malah sanajan ingkang taksih sami sêkolah inggih sami sagêd tumut ngangge.

Jaman tigang dasanan taun kapêngkêr, ungêl-ungêlan: tumut ngangge, punika pancèn sampun salêrêsipun, nanging tumrapipun jaman samangke, ingkang mèh sabên tiyang Jawi ngrêtos basa Walandi, wawan ginêm kalihan bangsanipun piyambak inggih mawi basa Walandi, waosan ugi kathah ingkang basa Walandi, têmbung tumut wau bokmanawi sampun kenging kabucal, kenging katêmbungakên: bausastra-bausastra wau inggih nyadhiyani bêtahipun bôngsa kula Jawi, inggih punika bôngsa kula ingkang sawêg sami angudi nyinau basanipun piyambak (murid-murid H.I.K, Osvia, A.M.S. lan sanès-sanèsipun). Utawi ingkang niyat badhe nglêbêtakên (anjêrokake) pasinaonipun basanipun piyambak.

Nglajêngakên atur kula bab nandhing bausastra damêlanipun Tuwan Dr. Pigeaud kalihan bausastra karanganipun Tuwan Gericke-Roorda utawi Jansz. Ingkang rumiyin bausastra Gericke-Roorda kalihan Jansz, punapa prêlunipun Tuwan P. Jansz andadak andamêl bausastra malih, tiyang sampun wontên ingkang langkung pêpak, inggih punika Gericke-Roorda badhe mangsuli pitakèn wau ambokmanawi cêkap mriksani agênging sêrat utawi malih rêginipun. Agênging sêrat adamêl awang-awangên ingkang badhe ambiyak. Rêginipun makatên ugi. Lajêng isinipun, bausastra Gericke-Roorda isinipun tumrap tiyang kathah kamanah, kêkathahên.

Bêtahipun tiyang kathah limrahipun namung badhe anyumêrêpi têgêsipun têmbung kalihan cêkakan.

--- 597 ---

Katrangan sanèsipun botên dipun bêtahakên. Mila tumrapipun tiyang kathah bausastra Jansz wau-jamanipun samantên-sampun kamanah cêkap. Saya malih manawi angèngêti aksaranipun, anggènipun aksara Latin, punika tumrap ingkang kirang paham dhatêng aksara Jawi, sakeca sangêt.

Dados bedanipun bausastra Gericke-Roorda kalihan Jansz, punika dumunung wontên ing bêtahipun ingkang dipun sudhiyani. Gericke-Roorda nyadhiyani tiyang ingkang bêtah nalêsihakên têmbung. Jansz namung tumrap tiyang ingkang badhe sumêrêp têgêsipun têmbung. Mila pancènipun utawi tumrap bôngsa Walandi ingkang badhe sinau basa Jawi, namung saprêlu sagêda ginêman utawi ngrêtos maos-maos sêrat bausastra Jansz wau langkung mathuk.

Nanging kadospundi kawontênanipun bausastra wau. Kajawi kathah pakèwêdipun tumrap ingkang badhe madosi têmbung, kawontênanipun inggih sampun botên mathuk kalihan jaman samangke.

Awit saking punika tumrap murid-murid-ugi kalêbêt murid Jawi punapa ingkang dèrèng inggil pasinaonipun utawi tumrap bôngsa Walandi ingkang badhe sinau basa Jawi, bausastra ingkang langkung mathuk, inggih punika bausastra damêlanipun Tuwan Dr. Pigeaud, ingkang mêntas kababar punika. Pancèn inggih punika ingkang dados bakuning sêdya andhapuk bausastra enggal wau. Badhe nyadhiyani tiyang ingkang namung kêpengin sumêrêp têgêsipun têmbung ing saprêlunipun.

Tumrap tiyang ingkang badhe nalêsihakên têgêsipun têmbung, ingkang badhe sumêrêp larah-larahipun, wontên bausastra sanèsipun ingkang samangke sawêg kagarap, inggih punika bausastra agêng. Bausastra agêng wau ingkang badhe dados têgêntosipungêgêntosipun. bausastra Gericke-Roorda.

Dene manawi ing bab talêsih utawi andharipun anggènipun nêgêsi, bausastra damêlanipun Tuwan Dr. Pigeaud ingkang mêdal samangke punika badhe katandhing kalihan bausastra Gericke-Roorde, sampun têmtu anjomplang. Kosokwangsulipun ing bab anyêkapi kabêtahan ingkang namung saprêlu, inggih botên badhe kawon.

Ungêl-ungêlan: saprêlu, punika pancèn angèl tangguhipun, sampun dipun atos-atos supados sampun ngantos langkung saking saprêlu, dhawahipun ngêndon wontên ingkang mastani kirang. Upami bab: côndrasangkala. Pancènipun sampun cêkap kapratelakakên mawi têmbung Walandi, punapa ingkang gadhah watak pitu upaminipun. Dados upami maos côndrasangkala lajêng sagêd ngrêtos têgêsipun. Nanging wontên ingkang dèrèng marêm, nêdha supados têmbungipun Jawi ugi kapratelakakên. Nanging panêdha ingkang makatên wau, kajawi kirang prêlu, ingkang gadhah panêdha ugi kasupèn, bilih panêdha ingkang makatên wau manawi dipun turuti, kathah panunggilanipun, ingkang badhe anjalari langkungipun kajêng saking saprêlu. Sami kemawon kalihan ingkang gadhah panêdha supados têmbung andhahan ingkang lagingnipunlingganipun. apurwa: ga, utawi da, ugi dipun sukani papan piyambak utawi dipun pratelakakên piyambak.

Awit saking punika, prakawis wau prayogi dipun srantosakên rumiyin, ngêntosi kadospundi caking panganggenipun.

--- 598 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Eropah.

Manawi angèngêti gêgayutaning satunggal-satunggalipun praja, punika lajêng katingal bilih sadaya wau sami mêngku kawigatosan ingkang botên kenging ginampil, namung kêdah sarwa tumindak pramati.

Tumrapipun wawasan ingkang ngèngingi Jêrman tuwin Itali ingkang tumuju dhatêng Tscechoslovakije, punika kados wontên raosipun bilih Sang Hitler gadhah sêdya, supados Sang Mussolini kèndêla kemawon. Makatên ugi tumrapipun Sang Mussolini inggih araos mrayogèkakên supados Sang Hitler tumindak alon-alon. Nanging kados sampun dados tataning donya, samubarang ingkang katindakakên kanthi kasamaran, lajêng anggampilakên tuwuhing sabab. Kados ingkang pinanggih wontên ing tanggal 1 Mèi, ing Troppau wontên ura-uru, adamêl tiwasing bôngsa Jêrman satunggal. Tumrap Prancis tuwin Inggris gadhah pamrayogi dhatêng tiyang ing Tscechoslovakije supados anggadhahana kasabaran, kaduk ing pangêmong. Bilih pamrayogi makatên wau dipun tindakakên, ing pangintên Tscechoslovakije sagêd ugi madêg kadosdene Zwitserland, ingkang pinanggih dados pintên-pintên laladan ingkang madêg piyambak, namung wujudipun satunggal.

Mirid sêsulakipun, Prancis tuwin Inggris punika langkung bingah manawi Tscechoslovakije saya mulat sampun nyukani margi sakeca dhatêng Hitler. Manawi tumrapipun Inggris, sayêktosipun botên sapintêna kawigatosanipun ing Eropah Têngah. Dene bakuning kawigatosanipun pinanggih wontên ing Laut Têngah tuwin ing Asiah wetan. Kawontênanipun ing Eropah Têngah, tumrapipun Inggris pinanggih dados kawigatosan ingkang kaping tiga.

Beda sangêt kalihan Prancis, wiwit pêrang donya, Prancis sampun nindakakên cobèn-cobèn ngalang-alangi Jêrman, dene ingkang kangge pêpalang Tscechoslovakije. Kajawi punika ugi migunakakên: Polên, Rumêniê, tuwin Yugoslapiê.

Ing ngajêng sampun nate kawartosakên, bilih Polên katingal anggènipun tumiyung dhatêng Jêrman, mila sarêng Jêrman pinanggih dados satunggal kalihan Ostênrik Tscechoslovakije rumaos kajêpit. Môngka Yugoslapiê sampun cariyos, supados Tscechoslovakije manawi nagarinipun dipun têmpuh Jêrman, sampun ngajêng-ajêng pitulunganipun warganing paguyuban nagari-nagari alit. Manawi miturut pamanggihipun Yugoslapiê, manunggilipun Jêrman kalihan Ostênrik, punika malah nyaèkakên tumindaking among dagang.

Mirit kawontênan ingkang kados makatên punika, têtela bilih kawigatosanipun Tscechoslovakije kalihan Yugoslapiê punika beda. Sanadyan kalih pisan punika sami warganing paguyuban nagari-nagari alit. Sayêktosipun sampun rumiyin mila bilih warganing paguyuban wau anggêlêngakên [ang...]

--- 599 ---

[...gêlêngakên] tekad, botên namung ing babagan pulitik ing sajawining praja kemawon ingkang sami, ugi ngêncêngi têtêping prajanjian praja ing sabibaripun pêrang donya, amargi adêging nagari-nagari wau gêgayutan kalihan wontênipun prajanjian.

Kala tanggal 4 wulan punika warganing paguyuban nagari-nagari alit tuwin Bulgari sami parêpatan ing Rumêniê. Miturut wartos, nagari sadaya wau sami badhe ngawontênakên paguyuban ing golonganing nagari sauruting lèpèn Danau. Sayêktospun ing bab punika kala ing taun 1932 sampun dipun cakakên dening Prancis. Mênggah kajêngipun supados Ostênrik tuwin Honggari tumut nunggil kalihan Tscechoslovakije, prêlu kangge nyêgah sêdyanipun Jêrman anggèning badhe mêndhêt Ostênrik. Nanging tindak wau cabar tanpa damêl.

Sarêng nyatanipun pinanggih kados makatên, ing sapunika saguyubanpaguyuban. nagari-nagari alit wau nayogyani dhatêng indhaking dêdamêl Ostênrik, waton Ostênrik purun aprajanji, botên badhe nêmpuh nagari-nagari wau.

Ing pêpanggihan ingkang dipun wontênakên dening ministêr sajawining praja Rumêniê, ministêr wau mêdhar sabda, sanadyan nagari-nagari alit wau mêntas kataman ing sabab-sabab ingkang langkung wigatos, nanging adêgipun taksih têtêp santosa. Mila nagari-nagari ingkang atapêl watês, sagêda sami nyambut damêl sêsarêngan, supados kawontênanipun nagari-nagari sauruting lèpèn Danau pinanggih rukun.

Manawi ningali kawontênanipun nagari-nagari paguyuban wau, katingal anggènipun sami ngudi katêntrêmaning donya. Nanging ugi tansah pinanggih pangojok-ojok saking liyan ingkang raosipun tansah nyujanani dhatêng Jêrman.

[Iklan]

Ing bab rêmbag-rêmbag ingkang badhe kawontênakên ing Polkênbon, tansah dados pangajêng-ajênging akathah, awit rêmbag ing Polkênbon punika ingkang baku dados pêpathokan. Dene ingkang badhe kawêdharakên dening wêwakil Inggris ing Polkênbon, punika bab prajanjianipun Inggris kalihan Itali.

Kajawi punika ing Polkênbon inggih badhe wontên rêmbag ing bab kawontênan ing Sêpanyol.

Manawi ngèngêti kawontênan ingkang kados makatên punika, cêtha bilih satunggal-satunggalipun nagari punika tansah gêgayutan wigatos.

--- 600 ---

Kagunan Jawi

Aksara Gêndhing.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 37.

Awit saking wujuding godhagan kados nginggil punika, dados wosipun laras slendro wau godhagipun turut, ananging sampun dados kodrating suwara. Godhaging suwara agêng punika wiyar, godhaging suwara alit punika ciyut, têgêsipun, uruting suwara agêng dhatêng alit punika saya mingkup. Dene wosipun laras pelog wau, ingkang tigang suwara cêlak, lajêng bênggang têbih, ingkang kalih suwara inggih cêlak malih, lajêng bênggang têbih, makatên salajêngipun.

Awit saking aksara gêndhing punika manawi sampun kadhapuk dados salah satunggiling gêndhing, panindakipun mawi pathokan lampahing wirama (maat), dados panindakipun kêdah ajêg, botên kenging dhompo lampahing kêtêgipun, mila manawi mlèsèd sakêtêg kemawon, lajêng nama risak lampahing wiramanipun, beda têbih kalihan panindaking sastra ingkang tumrap basa, sanadyan pamaosipun grag-grêg, janji kèndêlipun wau sampun miturut tanduking ukaranipun. Sanadyan mawi kèndêl sawatawis sêkon, nanging botên ambibrahakên suraosipun. Awit lampahing pamaos botên mawi wirama (maat). Sarèhning ukaraning gêndhing punika panindakipun kados kasêbut nginggil, mila manawi ingkang nindakakên dèrèng patos apal dhatêng ukaraning gêndhingipun, ingkang kathah inggih asring slura-sluru, inggih bibrah morat-marit lampahing lêlagonipun, makatên ugi manawi kangge nabuh gôngsa ingkang dèrèng satêngah apal dhatêng gêndhingipun, inggih asring bibrah, apêsipun inggih botên sae panabuhipun, awit kalihan kuwuring manah, dados lôngka sangêt sagêdipun mapan sakeca dipun mirêngakên. Ewadene manawi ingkang nabuh wau sampun sugih apalan ukaraning gêndhing, lan sampun nama mapan sae dhatêng cak-cakan lêlagoning panabuh rêbab utawi gêndèr, gambang, kêndhang, bonang sapanunggilanipun, punika sanadyan namung prasasat sumêrêp grêmênging gêndhing ingkang dèrèng dipun sagêdi, ananging gampil sangêt anggènipun nindakakên kalihan saening panabuhipun. Makatên ugi panindaking sindhènan, manawi sampun sasat apal dhatêng gêndhingipun, inggih anglêr kemawon, têmah sagêd mapanakên lêlagoning sindhèn ingkang miturut raosipun kalihan sakeca.

Kosok-wangsulipun manawi ingkang nyindhèni wau babar-pisan dèrèng sagêd utawi dèrèng wanuh dhatêng gêndhingipun, sagêd-sagêdipun inggih namung gagap-gagap miturut suwaraning rêbab, ingkang makatên punika adhakanipun lajêng blasakan ngambah ingkang botên mathuk kalihan laguning gêndhingipun, inggih kasasar-sasar puruging sindhènanipun. Botênipun blasakan inggih lajêng kêmba utawi langu cak-cakanipun, awit inggih kalihan guguring manah. Ewadene manawi ingkang sindhèn wau sampun sugih pawitan ulah lêlagoning sindhènan ingkang tumrap gêndhing, punika sanadyan namung prasasat sumêrêp grêmêng ukaraning gêndhing, [gê...]

--- 601 ---

[...ndhing,] inggih sagêd anggagapi kalihan ulahing lêlagon ingkang sae lan sakeca dipun mirêngakên.

[Iklan]

Sindhèn punika sami-sami ngêcakakên lêlagon salêbêting gêndhing, kenging dipun wastani gawat lan rungsit, awit sampurnaning sindhèn punika kêdah mawi dhêdhasar tigang bab: 1. saening suwara, 2. dhèmês kèwês luwêsing lêlagon pakêcapan, 3. lanyah dhatêng gêndhingipun. Ingkang dipun wastani suwara sae punika: bêning, buntas, kandêl, êmpuk, ingkang dipun wastani dhèmês kèwês luwêsing lêlagon lan pakêcapan punika botên: bindhêng, ngêmut, dhoso, kêncêng, anggrèmèng. Mila anggènipun damêl cak-cakan, kajawi wêwilêtan tanduking lêlagon, inggih kêdah kêpara sarèh rata lan cêtha. Dene ingkang dipun wastani ragi lanyah dhatêng gêndhingipun punika: awas dhatêng klebating gêndhing ingkang padaning lêlagon badhe dhawah wilahan punapa kemawon, mila anggènipun adamêl angkat-angkatan dalah sèlèhaning lêlagon botên dhapur katut utawi nututi, nanging kados sampun sêmadosan manawi badhe gathuk pungkasaning lêlagonipun, anggènipun gadhah sipat sak sêmadosan punika, awit angkat-angkatanipun kados mêdal margi ingkang botên nunggil, mila sarêng pungkasaning lêlagon sagêd têmpuk, lajêng gadhah raos tumèmbêl sakalangkung sakeca dhatêng pamirêngan. Badhe kasambêtan.

Kodrat, Batawi Sèntrêm.

--- [602] ---

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Têdhak dhatêng Jawi Wetan

[Grafik]

Têdhak dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana dhatêng Jawi Wetan dèrèng dangu punika nitih sêpur kilat ing wanci dalu, saking Bogor dhatêng Surabaya têrus lajêng dhatêng Malang anjênêngi konpèrènsi para bupati ing Jawi Wetan. Gambar nginggil punika ingkang têngên: Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana nuju mriksani wadya panjagi ing Malang. Gambar bundêr: Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana nuju mêdhar pangandika kalihan Kolonèl Uhl. Ing sisihipun Tuwan Gupêrnur Van der Plas. Gambar nginggil kiwa: nyonyah punapadene putri dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana nalika amriksani pasiraman selecta ing Malang. Gambar ngandhap: konpêrènsi para bupati wontên pandhapi kabupatèn ing Malang.

--- 603 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI

Lulus Kweekschool-examen 1938. Anyarêngi wontêning Staatsexamen, tumrap Muhammadiyah wontên murid-murid ingkang tumut anglêbêti, saking H.I.K. Muhammadiyah Surakarta 13, saking sanès-sanès panggenan 26. Sadaya wau ingkang lulus 13. Katranganipun: saking Surakarta 7, Slamêt Rêksodibroto, Maftucha (èstri), Sumarji, Sumarwan, Sutejo, Masajar, tuwin Jakaria. Saking Lembang, Bandung 3, Suryono, Ommi (èstri) tuwin Sumarjo. Saking Medan 2, Taharia (èstri) tuwin Dahri. Saking Cirêbon 1, Abdulrachim.

Mriksa sêkolahan partikêlir. Awit saking panêdhanipun Mr. Ali Sastromijoyo, dhatêng warga Gemeenteraad Madiun dhatêng Burgemeester, supados pamulangan-pamulangan partikêlir ugi dipun dhatêngi verpleger.

Gajah ing Pangkalan Brandan. Ing bawah Pangkalan Brandan kêrêp dipun ganggu damêl ing gajah. Ing salajêngipun detachement-commandant veldpolitie sagêd nyanjata baboning gajah ingkang agêng sangêt lajêng pêjah. Gajah sanès-sanèsipun sampun sami kesah dhatêng laladan Acèh. Gajah ingkang dipun sanjata wau wontên tandha-tandhanipun bilih sampun nate kenging mimis kalih panggenan.

Pabrik lisah klapa enggal. Ing Pasar Ikan, Bêtawi, mêntas wontên bikakan pabrik lisah klapa enggal. Pabrik wau gadhahanipun N.V. Handel Mij. Oei. Ing dalêm sadintênipun sagêd ngêdalakên lisah 1200 dumugi 1500 blèg, tuwin sagêd nyukani padamêlan dhatêng tiyang 250.

Kêkiyatan lestrik saking Tuntang. Ing wêkdal punika Aniem angrampungakên panggaraping damêl pabrik lestrik ing Tuntang. Manawi sampun rampung badhe kiyat kangge ngawontênakên lestrik satanah Jawi Têngah. Lampahing kawat badhe narajang Surakarta, Ngayogyakarta, Magêlang tuwin sanès-sanèsipun.

Gêrahipun Dr. Sutomo. Ingajêng wontên wartos bilih Dr. Sutomo ing Surabaya gêrah rêkaos, ngantos andhatêngakên para sadhèrèkipun. Ing sapunika wontên wartos bilih gêrahipun wau sampun mayar. Para sadhèrèk sampun sami wangsul.

Pêrhimpunan Brayat Tani. Ing Surakarta wontên pakêmpalan nama Pêrhimpunan Brayat Tani, tumindaking damêl angawontênakên cooperatie ing laladan Surakarta. Pakêmpalan wau benjing salêbêtipun wulan Juli ngajêng punika badhe ngawontênakên congres.

Tanah ngriki badhe dipun film. Kawartosakên, bangsa Amerika nama Len Roos badhe dhatêng ing tanah ngriki pêrlu badhe damêl film tanah ngriki, badhe kapitongtonakên wontên tentoonstelling ing New York. Film wau kadamêl cêlak-cêlak wontên 13 warni, mawi cèt, panjangipun kirang langkung 400 m. Ingkang kapêndhêt ing bab babagan panggêsanganipun têtiyang ingriki. Pandamêling film wau badhe prajanjian kalihan Departement van Economische Zaken. Sadhiyaning waragad f 50.000.-.

Prof. Bousquet. Prof. Bousquet, mahaguru ing bab babagan economie tuwin sociologie ing Afrika sisih lèr ingkang ugi dados mahaguru Mohamedaansche recht ing Algiers, gadhah sêdya badhe wontên tanah ngriki laminipun 5 utawi 6 wulan. Prof. Bousquet punika bangsa Prancis ingkang lanyah dhatêng basa Walandi. Panjênênganipun punika anggèning badhe dhatêng tanah ngriki kêtarik saking nalika pasrawungan kalihan prof. Snouck Horgronje. Dhatêngipun ing tanah ngriki kajawi wontên ing tanah Jawi ugi badhe dhatêng Sumatra tuwin Borneo. Panjênênganipun kagungan pangintên bilih ing tanah ngriki kathah babagan wigatos ingkang gêgayutan kalihan pangajaran babagan kaislaman.

Anti-Woeker Vereeniging. Anti-Woeker Vereeniging mêntas ngawontênakên pêpanggihan mèngêti adêging pakêmpalan wau sampun 5 taun, manggèn wontên ing Bandung. Pakêmpalan wau lajêng badhe kadadosakên satunggal kalihan sanès-sanèsipun kanamakakên Verbond Anti-Woeker Vereeniging. Ingkang nunggil wau pakêmpalan ing Bandung, Cirêbon, Bêtawi, Bogor, Medan, Sêmarang tuwin Surabaya.

Tuwan Hudoyo Huksamadiman dhatêng Weenen. Tuwan Hudoyo Huksamadiman asli saking Bandung, sampun bidhal dhatêng Eropa badhe nglajêngakên sinau anggambar dhatêng Academie in de Beeldendekunsen ing Weenen, Oostenrijk. Tuwan Hudoyo punika wêdalan saking Journalisten School ing Bandung. Miturut katrangan anggèning sinau kawan taun, salajêngipun badhe nyinau babagan sêrat kabar.

Pabrik gêndhis Cèwèng anjêmbarakên tanêman. Ingajêng pabrik gêndhis ing Gudha, Surabaya katutup, saha lajêng kadadosakên satunggal kalihan pabrik gêndhis Cèwèng. Ing sapunika pabrik Cèwèng wau gadhah panyuwun dhatêng ingkang wajib badhe njêmbarakên tanêmanipun rosan, kintên-kintên 1000 bau.

[Grafik]

Parêdèn Gamping. Kados ingkang sampun kalampahan, ing sabên taun ing wulan Sapar, ing dintên Slasa utawi Jumuwah Kliwon, têtiyang ing sakitêripun parêdèn Gamping sami ngawontênakên pakurbanan nyêmbêlèh pêpêthan tiyang sarana dipun wontênakên karamean ingkang sakalangkung rame. Inginggil punika gambaripun pêpêthan têtiyang ingkang badhe kangge kurban badhe kaarak kapikul ing tandhu saking griyaning kêpala dhusun dhatêng rêdi Gamping, Ngayogyakarta.

Pindhahipun Dhoktêr Sugiri dipun gondhèli. Ing bab anggèning dhoktêr Sugiri badhe kapindhah saking Benkulen dhatêng Ngawi, dipun gondhèli ing para pêsirah, wijkmeester tuwin dêmang-dêmang ing Benkulen, lajêng sami saiyêg ngaturakên sêrat dhatêng Pakaryan babagan Kasarasan, supados pamindhahipun wau kasandèkakên.

Mijnbouwschool kabikak malih. Wiwit benjing tanggal 2 Augustus ngajêng punika. Ombilinsteenkool Mij. ing Sawahlunto badhe ambikak pamulangan malih, nampèni murid 20. Ingkang katampèn lare wêdalan Mulo afd. B. Lamining sinau kalih taun.

Panitipriksa barang kina. Tuwan Hartolo ingkang nitiprika barang-barang kina wontên tanah wetan, nalika wontên ing Petungamba manggih rêca kina ingkang dèrèng nate kasumêrêpan, awujut tiyang mawi jenggot, sêrbanan saha jubahan.

Pêpajêngan sarêm nagari ing Jawi Têngah. Pêpajêngan sarêm nagari ing Jawi Têngah ing wulan Maart taun punika wontên f 359.000.-. Dene kala wulan Maart taun kêpêngkêr wontên f 329.000.-. Salabêtipun tigang wulan wiwitaning taun punika wontên f 1.032.000,-. Pêpetangan makatên ing taun kêpêngkêr wontên f 941.000.-

Ingkang angsal prijs agêng. Miturut wartos, loterij ingkang nêmbe dipun mainakên punika ingkang prijs f 75.000.-, dhawah Ngayogya, prijs f 15.000 dhawah Medan, dene prijs kêkalih ingkang f 5000,- dhawah Surabaya tuwin Sêmarang.

Sultan Johor rawuh ing Sumatra pasisir wetan. Panjênênganipun Sultan ing Johor rawuh ing Bêlawan dipun dhèrèkakên wanita bangsa Eropa kalih, tuwin dhoktêr. Rawuhipun mriku wau badhe nguningani kawontênanipun ing tanah Sumatra, bab dhatêng tanah Jawi dèrèng wontên dhawuhipun. Panjênênganipun Sultan Langkat nyewa kamar wontên ing Brastagi Hotel, pêrlu badhe pêpanggihan kalihan Sultan Johor.

--- 604 ---

Wêwaosan

I Lêlampahanipun Wasili, Anakipun Busli.

74

Tanpa ngucap punapa-punapa Wasili mirêngakên wicantênipun ibunipun. Sarêng sampun rampung, lajêng amangsuli makatên: Sandika ibu, sadaya dhawuhipun ibu badhe kula lampahi.

Salajêngipun Wasili lajêng lumêbêt ing kamaripun ingkang dumunung wontên ing lotèng ingkang nginggil piyambak. Ing ngriku piyambakipun lajêng adamêl sêrat pariwara pintên-pintên ingkang suraosipun kirang langkung makatên:

Sing sapa kapengin mangan lan ngombe sakatoge, têkaa ing pakarangane Wasili.

Sêrat pariwara wau lajêng katangsulakên ing jêmparing pintên-pintên, nuntên kalêpasakên dhatêng ing pundi-pundi. Sasampunipun Wasili lajêng nyadhiyakakên inuman pintên-pintên tuwin sawarninipun dhêdhaharan wontên ing pakawisan. Minôngka kangge gêlas pangunjukan ingkang kasadhiyakakên ing ngriku awarni èmbèr. Salajêngipun ing ngriku mawi dipun kanthèni sêrat, ingkang suraosipun makatên:

Sing sapa kuwat ngangkat èmbèr iki nganggo tangan siji, lan bisa ngombe isine inuman ing kono kanthi saclêgukan bae, dadi mitraku sêjati.

Botên watawis dangu, kathah têtiyang ingkang lumêbêt ing pakawisan ngriku tanpa wicalan kathahipun, lan sakêdhap kemawon pakawisanipun sampun kêbak tiyang. Sarêng Wasili sumêrêp, bilih tiyang ingkang dhatêng punika langkung kathah katimbang kados ingkang dados pangajêng-ajêngipun, piyambakipun lajêng mêndhêt lamêng sarta lajêng wicantên sora makatên:

Sing sapa bisa ngangkat èmbèr iki nganggo tangan siji, bisa ngombe isine anggur ing kono kanthi saclêgukan, lan bisa nadhahi lamêng iki tanpa tiba ing lêmah, kêna lumêbu ing omahku prêlu mangan lan ngombe bêbarêngan karo aku sakatoge.

Kagètipun têtiyang ingkang sami ngêmpal wontên ing pakawisan tanpa upami, awit lamêng ingkang dipun cêpêngi Wasili punika sakalangkung agêng, amila lajêng salang-tunjang anggènipun têtiyang sami lumajêng nilar pakawisanipun Wasili wau. Sarêng dumugi ing margi agêng, têtiyang wau pinanggih kalihan neneman nama Kustiya, ingkang ing sêmu kuwatos tansah pitakèn dhatêng sabên tiyang makatên:

Punapa pahargyanipun sampun bibar. Wontên ing ngriku panjênêngan sadaya dhahar punapa, lan ngunjuk punapa.

Wangsulanipun têtiyang ingkang dipun takèni: Kula sadaya botên sami nêdha lan botên sami ngombe, malah kapêksa enggal-enggal sami lumajêng, amargi kuwatos manawi dipun pisakit utawi dipun pêjahi dening Wasili. Sampeyan têka mlajêng-mlajêng badhe dhatêng pundi.

Nanging Kustiya botên mangsuli dhatêng pitakènipun têtiyang wau, malah lajêng enggal-enggal lumêbêt ing pakawisanipun Wasili. Dumuginipun ing ngriku, piyambakipun ujug-ujug nyandhak èmbèr kanthi tangan satungal, lajêng nyidhuk anggur ngantos kêbak, ingkang lajêng kaombe sapisan kemawon. Botên cêkap samantên, piyambakipun lajêng nyidhuk anggur malih, ingkang ugi lajêng kaombe saclêgukan kemawon. Sarêng anggènipun ngombe anggur kados makatên wau jangkêp kaping tiga, Wasili lajêng enggal-enggal murugi saha namakakên lamêngipun dhatêng sirahipun Kustiya. Nanging Kustiya tanpa ebah, dalasan anggur ing èmbèr ingkang dipun cêpêngi, satètès botên wontên ingkang wutah. Piyambakipun ngêmungakên wicantên makatên:

Samangke kula rak inggih kêparêng nêlasakên anggur punika ta.

Tanpa wicantên punapa-punapa, Wasili nyandhak tanganipun Kustiya, Kustiya karangkul, saha lajêng kaajak lumêbêt ing kamaripun. Ing kamar ngriku sampun kasêdhiyan dhaharan saha unjukan warni-warni. Wontên ing ngriku Wasili lajêng wicantên dhatêng Kustiya makatên:

Wiwit saiki kowe dadi mitraku sinarawèdi. Mati urip kowe ora kêna pisah karo aku.

Salêbêtipun tiyang kêkalih wau sami lênggah sêsarêngan wontên kamar ngriku, sami nyumêrêpi wontên tiyang enggal lumêbêt ing pakawisanipun Wasili. Tiyang ingkang sawêg dhatêng punika pincang, namanipun Potanya. Sadaya tiyang ingkang kapêthuk kalihan piyambakipun wau, sami ngèngêtakên, sampun ngantos lumêbêt ing pakawisanipun Wasili, awit botên sande piyambakipun mêsthi badhe dipun pisakit. Nanging Potanya botên amêrduli dhatêng ginêming tiyang. Kalayan kêdhingklangan piyambakipun mêksa mlêbêt ing pakawisanipun Wasili. Dumugi ing ngriku Potanya enggal-enggal nyandhak èmbèr kanthi tangan satunggal, nyidhuk anggur ngantos kêbak, saha lajêng kaombe sapisan kemawon. Sarêng panyidukipun wau jangkêp kaping kalih, kaping tiga, Wasili enggal-enggal murugi, saha namakakên lamêngipun ing badanipun Potanya. Nanging Potanya botên dhawah, malah ningali, ing sêmu kadosdene botên kraos sakit babarpisan. Ugi Potanya lajêng karangkul dhatêng Wasili, saha kaajak dhatêng kamar, kapurih nêdha eca lan ngombe sapurunipun. Sasampunipun Potanya wau, taksih wontên para neneman sawatawis malih, ingkang lumêbêt ing pakawisan ngriku sarta ingkang sagêd nêtêpi punapa ingkang dipun kajêngakên dening Wasili. Badhe kasambêtan.

--- 77 ---

No. 20, 14 Mèi 1938, Taun IX.

TAMAN BOCAH

INGKANG NGÊMBANI: BU MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CENTRUM. RÊGANE SATAUN f 1.50 KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK. LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.

KATRÊSNANE WONG TUWA MARANG ANAK

Bocah-bocah, saiki dakbalèni manèh caritaku bab katrêsnaning wong tuwa marang anak.

Katrêsnane wong tuwa marang anak iku, mungguh baranga kang kêna ditimbang, pêrlu disumurupi sapira bobote katrêsnane mau, iku angèl bangêt ênggone golèk sanepa, kiraku ora ana timbangane têmênan, jalaran katrêsnane wong tuwa iku ora mung ana ing lair bae, uga têrus ing batin. Saupama katrêsnan mau dipadhakake karo utang, kiraku panyaure tangèh bangêt bisane sah. Katrêsnane bapa biyung marang anak lanang lan anak wadon iku padha bae, ora ana bedane, rina wêngi tansah padha dijaga kuwarasane. Upamane yèn wayah bêngi anake rèwèl ora gêlêm turu, enggal diêmban ing biyunge, didolani nganti ilang bekane, dene bapakne kadhang-kadhang iya milu ngênêng-ênêngi anjupuk-njupukake dolanane. Yèn wis mari rèwèl, banjur turu, bapa biyung kari bungah lan sênêng nyawang anake, sayahe ilang sanalika. Yèn anake wis turu, diwêdhaki lan dikêmuli, nuli dikêloni nganti esuk, dene bapakne sadhela-dhela aniliki.

Yèn awan anake diêmong ing êmbane, nanging sanajan ta wis ana sing momong, wong tuwane mêksa isih ngulat-ulatake, malah yèn ora ketok sadhela bae krasa kangên, luwih-luwih yèn bapa biyunge ana ing paran, anggêr wêruh panganan kang didoyani anake, ya banjur kèlingan anake, wêruh cangkir cilik, payung cilik, pacul cilik, sarung cilik, tapih cilik, sandhal cilik, iya banjur kèlingan anake. Cêkake ana ing saênggon-ênggon wong tuwa iku ora lali marang anake, ugêr wêruh samubarang kang sakira dadi kasênêngane anak, bapa biyung mung kumudu nukokake. Kaya mêngkono sih katrêsnane bapa biyung marang anak-anake lanang wadon kabèh kang padha isih cilik-cilik.

Nalika Bu Mar isih cilik, yèn bapak ibu arêp tindakan, kari-kari Bu Mar ora didhawuhi ndhèrèk, iya banjur nangis dadakan, nalangsa, rumasaku dibeda dhewe, mbakyu-mbakyu parêng ndhèrèk, kok aku ora. Nanging barêng padha kondur, bapak ibu banjur ngasta olèh-olèh, payung cilik, gêmbor cilik, soklat, kimono cilik lan apa manèh aku wis lali. Aku banjur ditimbali ibu karo didhawuhi mangkene: "Gilo ndhuk, mrenea, iki kanggo kowe kabèh, aja sok doyan nangis, ya. Mau ora parêng ndhèrèk, jalaran ibu nglayat wong mati, mbakyu-mbakyumu rak kudu rewang, balik kowe isih cilik, durung bisa nyambutgawe kaya mbakyu-mbakyumu."

Wah, bungahku tanpa upama, diparingi bêbungah dening bapak ibu. Ayake barêng bapak ibu priksa aku kêlayu, sadalan-dalan panggalihe tansah ora kêpenak, barêng kondure mampir ing toko, pêrlu mundhutake samubarang kanggo bêbungah aku.

Mêngkono lo cah, wong tuwa iku mung tansah arêp gawe bungah lan sênênge anak.

Bu Mar.

--- 78 ---

BRÊNGOS KANG KALELANGAKE.

Ana sawijining tukang cukur, kang misuwur bangêt dening dawaning brêngose, yaiku 15 centimeter, rak ya anggumunake ta? Dhèwèke rumasa gêdhe atine duwe brêngos kang kaya ngono mau, dadi pangeram-erame wong sakutha. Sabên dina mung tansah diêlus-êlus sarta diplintir. Ananging suwe-suwe sêdhih ngrasakake, jalaran yèn pinuju mangan sok nglèmbrèh arêp milu katut klêbu kêpangan. Andadèkake bingunge tukang cukur mau. Brêngose arêp digunting, kuwatir nèk banjur ilang kêsuwure. Suwe-suwe banjur thukul pamikire, arêp nunut nglelangake brêngose. Tukang cukur nuli wara-wara marang wong-wong ing kutha kono. Barêng dina mangsane lelang, akèh bangêt wong kang têka. Tukang cukur nuli ngadêg ing meja nyandhing gunting, karo nawakake. Wong-wong kêmrubut padha ndêlok, lan ana sing nêtêpake rêga, banjur akèh sing ngundhaki nganti têkan salawe rupiyah. Tukang cukur nuli nggunting brêngose ana ngarêpe wong akèh, diêlungake marang sing tuku.

Wiwit iku tukang cukur mau saya kêsuwur, payu bangêt anggone nyukur, wêkasane banjur dadi sugih. Sabên wong arêp cukur mêsthi calathu mangkene: "Ach tak cukur nyang nggone tukang cukur sing nglelangake brêngose kae!".

WONG NYOLONG SRABI.

Ana sawijining wong, jênêng Karya Bêthu, anane jênêng mangkono mau, kagawa saka anggone raine ambêthu. Karya duwe anak mung siji thil rada alêman. Anake mau sadina muput nangis bae, awit kêpenging srabi juruh. Kabênêran sorene Karya diundang tanggane diajak lek-lekan. Pak Karya banjur dandan, nganggo ikêt blangkon. Nalika arêp mangkat, Bok Karya mêkas marang sing lanang, mêngko mulihe anggawaa srabu juruh, kanggo anake.

Enggaling crita Pak Karya wis têkan omahe wong kang ngundang, banjur dikon lungguh. Ora suwe ana dhayoh manèh. Barêng kira-kira wis nglumpuk ana wong pitu, banjur wiwit padha wedangan. Kabênêran bangêt pacitane ondhe-ondhe karo srabi juruh. Srabine cacahe ya mung 7. Pak Karya bola-bali nglirik srabi juruh lan mbatin: "Kapriye akale olèhku anjupuk srabi iku, mangka cacahe mung pitu."

Ora suwe Pak Karya nêmu akal. Barêng têngah-têngahe wedangan, diyan kang ana ngarêpe para dhayoh, disingkirake Pak Karya, nuli mak pêt, dipatèni. Dhayohe padha kagèt pating kêdandap. Pak Karya enggal-enggal njupuk srabine juruh, didhêlikake ana sajroning ikêt blangkon. Barêng diyane wis disumêt manèh, ana salah sawijining dhayoh takon marang Pak Karya dene bathuke mêtu gêtihe. Pak Karya kandha yèn wudunên, lagi bae mêcah, mula arêp andhisiki mulih, sabab sêlak lara. Barêng lagi mbukak kêre, ikête kêcanthol, srabine tiba. Pak Karya bangêt isine, srabine banjur diidak-idak, raine saya ambêthu, dhayohe padha mlongo.

St. Indiyah, Kêbumèn.

KÊPENGIN WÊRUH.

[Grafik]

Kewan ing sagara ès, yaiku bêruwang ès, nalika sumurup cara-carane wong arêp motrèt, banjur bae marani narancag piranti motrèt mau niru kaya patrape wong sing lagi gawe potrèt (film).

Dêlêngên gambare bae, rak ya anggumunake.

--- 79 ---

CACAH JIWANING KÊTHÈK, LUWIH AKÈH TINIMBANG LUTUNG.

Padha-padha kewan alasan, kêthèk iku luwih akèh tinimbang lutung, tandhane: mèh sabên alas kang kêtêl kêna kapasthèkake yèn diênggoni kêthèk, nanging ora mêsthi ana lutunge. Saking kèhe, nganti padha kêna kacêkêl diingu ing manusa, nanging wong ngingu lutung arang bangêt.

Dadine mêngkono, mungguh ing dêdongengane mangkene: Ing jaman biyèn kewan-kewan ing sajroning alas padha kêkumpulan, kang dadi ratune yaiku Singabarong. Mungguh kang dirêmbug ora liya, mung para kawulane supaya padha nêtêpi apa kang dadi dhawuhing ratune. Sakabèhing kewan padha kuwajiban ngaturi bulubêkti, dene kang diunjukake iya bangsane kewan dhewe-dhewe kang minangka dadi dhahare Sang Singabarong. Para kawulane kabèh wis padha nyandikani apa karêpe Singabarong. Mung kêthèk karo lutung sing isih sêmaya, saguhe arêp rêmbugan dhisik karo kewan-kewan rong bangsa iku.

Kêthèk lan lutung kêlilan mundur, mung yèn padha sarujuk, tumuli enggal sowana manèh. Dene rêmbuge kêthèk marang lutung mung niyat arêp njlomprongake, awit kêthèk pancèn sugih akal. Calathune kêthèk: "kisanak, kapriye mungguh sing dadi pamrayogamu tumrap anggonku padha ngaturi bulubêkti iki?"

Lutung mangsuli: "Prakara iku dakpasrahake marang kowe, aku mung nurut bae."

[Grafik]

Kêthèk: "Ya wis, yèn mêngkono, arêp takreka mangkene: bangsaku kang kudu dadi dhahare Sang Singabarong sabên taun siji, taun siji, taun siji, taun siji, taun siji, (pamacane kêrêp bangêt).

Dene kowe lutung sing arang, aja kêrêp-kêrêp kaya bangsaku, yaiku: sa... sa... si... i... i... i... si... i... i... ji, sa... sa... si... i... i... si... i... i... ji.

Lutung rujuk bangêt marang rêmbuge kêthèk ora ngêrti yèn kapusan, pangrasane luwih arang (lawas) ênggone caos bulu bêkti tinimbang kêthèk.

Sawise rampung rêmbuge, kêthèk lan lutung kang minangka dadi pangarêpe, padha sowan marang Singabarong, ngaturake karampunganing rêmbug, lan kasaguhane dhewe-dhewe kaya kang kasêbut ndhuwur mau. Sawise kasêksèn para warga kabèh, lutung mlênggong ora nyana pisan-pisan yèn sa-sa... si... i... i... i... i siji iku luwih kêrêp tinimbang sêtaun siji, taun siji, taun siji, taun siji, taun siji. Wiwit dina iku lutung ora gêlêm amor manèh karo kêthèk nganti saprene, lan ora akèh kaya kêthèk, amarga saka kêrêpe kang kanggo wadale kewan galak.

Muliati M. Hud, Gadhingan S.S. Jatibarang.

--- 80 ---

CANGKRIMAN ANYAR.

PUCUNG

I. Bapa pucung, solahira kaduk gêndung, karya ajrihira, sintêna ingkang umèksi, yèn parêkan mung arsa nyaplok kewala.

II. Lucunipun, nênggih mawujud puniku, lamun pinênthungan, ing prênah êndhasirèki, êndhasira inggih masthi ingkang kêna.

III. Sumawana yèn pinênthung githokipun, sirah ingkang kêna, mangkono yèn bokong ugi, kang pinênthung masthi sirah ingkang kêna.

IV. Dene lamun sirah kalih ingkang kantun, datan nèng wurinya, tartamtu buron puniki, tanpa daya nglumpruk nis kadigdayanya.

Kusiyah, Purwokêrto.

Batangane cangkriman kang katulis dening Moch. Madiyana.

Mênêngên (Horizontaal).

1 Sêmar, 4 Sinjo, 7 Academi, 8 Kas, 10 Lim, 12 Kontak, 14 Ranoe, 15 Kamar, 16 Sêlat, 18 Kikir, 20 Kawah, 21 Ri, 22 Bal, 24 Lik, 25 Irawati, 26 Komah, 27 Sapar.

Mudhun (Verticaal).

1. Sêkar, 2. Mas, 3. Ratu, 4. Sêrak, 5. Nil, 6 Oemar, 9 Aladina, 11 Imagiri, 12 Kolak, 13 Kalih, 16 Sabak, 17 Tatah, 18 Kadhas, 19 Kikir, 23 Lim, 24 Lip.

LÊLUCON.

Ing pamulangan.

Guru : "Umi, krama inggile rai apa?"

Umi : "Wadana, Pak Guru."

Guru : "Bênêr, lah kowe, Sum, krama inggile pundhak apa?"

Sum : "Assistent-wadana!"

Amor, Malang.

Guru : "Liyane têmbung wong, apa?"

Murid : "Manungsa."

Guru : "Bênêr."

Murid liya : "O, mênawi makatên kula wêgah numpak sêpur."

Guru : "Geneya?"

Murid : "Inggih, awit kula mênawi numpak sêpur mirah namung sêtêngah rêgi, nanging... kanggêp sêtêngah manungsa."

Parikesitty.

MANGSULI LAYANG.

Supaydie, Lubuk-Linggau, Palembang. Kirimanmu postwissel kabalèkake, jalaran mêsthine kowe kudu ngirimake nyang Administratie Bale-Pustaka, aja nyang ngomah.

Suradi, Bandung. Aku bungah, wuwuh kêponakan manèh, lan sukur, kowe arêp milu urun-urun ngisèni Taman Bocah, nanging yèn ngirimi karangan ya sing cêkak-cêkak bae, têgêse aja tansah isih ana sambungane kayata kae karangane Muliati, Gadhingan.

S. Harno, Baluwarti, Gambuhan, Surakarta. Aku wis tampa karanganmu, isih dakpikir-pikir dhisik kêpacak utawa ora.

Nitêm, Bumiayu. Karanganmu wis daktampa, nanging aja pisan dadi atimu ya, kabèh ora bisa kapacak. Coba gawea manèh sing luwih lucu sarta maedahi.

Sriyati, Purwodadi, Jênar. Sri, sing pintêr bae anggonmu momong adhi-adhimu, lan ngladèni ibumu, sing tansah gêrahên. Ngirimi layang Bu Mar ya mêngko-mêngko bae, yèn wis kobêr.

Sucipto p/a Gep. Patih Pêmalang. Wis lawas bangêt kowe ora kirim layang nyang Bu Mar, lagi saiki jumêdhul. Sukur ta, yèn kowe lagi mêmpêng sinau. Muga-muga entuka rapport bêcik. Dadi adhimu Ami êntas lara panas, wah pancèn saiki lagi usume wong lara panas lan pilêg. Tujune Ami kok wis waras ya! Bu Mar ya lagi rada lara, mula ya ora nonton sêkatèn.

S. Jariyah c/o R. Purwosudirjo, Purworêjo. Saking lawase anggonmu ora ngirimi kabar Bu Mar, aku nganti mèh lali jênêngmu, dakarani kêponakan anyar kang nêmbe anêpungake. Dang enggala gêdhe adhimu ki, cik bèn milu ngirimi layang Bu Mar lan milu maca Taman Bocah.

Hai, Oho, Kranji, Purwokêrto. Pitêpunganmu wis daktampa, bangêt panrimaku. Nanging karangan ora bisa kapacak.

Supiatjinah, Cipari. Aku bungah bangêt, dene kowe mêrlokake bangêt anggonmu sinau, muga-muga bae entuk biji sing apik-apik. Karanganmu uga wis daktampa, nanging aja pisan dadi atimu, ora bisa kêpacak, jalaran kurang apik.

Sumali, Curugêcang. Pitakonmu kang kapisan, ya ora pêrlu diturun gambare, dene yèn arêp kokturun, iya malah luwih cêtha.

Yèn kowe ngirimake dêdongengan, ora kêna dikirimake nyang l.k. rong warna, kudu salah siji bae. O, Sum, ora pisan-pisan Bu Mar nêsu, jalaran kabadhe jênênge. Kowe ora susah kuwatir.

Sitisuharti, Munthilan. Ti, kowe kok mung ngiming-imingi tempe kripik nyang Bu Mar. Wah, nèk nang Bêtawi anggolèki tempe kripik ngantia mumêt kae, iya ora entuk. Besuk yèn slamêt ora ana alangan apa-apa yèn Bu Mar nyang Munthilan, bakal tuku pirang-pirang blèg.

Sutono, Dalapa. Bangêt panrimaku kokirimi karangan, nanging cuwa bangêt, dene karanganmu sing dawa ngalur-alur ora bisa kapacak. Panjaluke yèn kowe arêp milu urun ngisèni T.B., gawea sing cêkak-cêkak, kaya ta karanganmu bab: "Jêmpol lan Kampiyun".

Amy, Klathèn. Yèn kowe maca layang-layangku nyang bocah-bocah, kowe mêsthi banjur ngêrti, yèn karangan dawa-dawa ora bisa kapacak. Prayogane ya sing cêkak-cêkak, lucu utawa maedahi, nanging sing mbocahi.

S. Har, Surakarta. Kok anèh ya Har, ingatase wiwite Sêkatèn tanggal nom, kok ora pati akèh sing nonton kaya adat sabên. Bokmanawa ya wis padha bosên kuwi, ya Har. Mara, Har critakna, barang apa sing pèni ing tentoonstelling Mardiguna. Ketoke saka Bêtawi, kowe kok bola-bali pijêr nang restaurant bae, iya apa ora, Har?

Amor, Bululawang, Malang. Kirimanmu cangkriman wis daktampa, isih dakpikir-pikir bisa kapacak apa ora.

M.D. Asri, Blitar. Wiwit saiki kowe kudu sok ndêlok buku-bukumu, sinau kanggo mondeling examen. Aja kêkêrêpên picnic dhisik, sênêng-sênêng mono gampang, mêngko yèn wis bar examene.

Layang liya-liyane bakal dakwangsuli Sêtu ngarêp.

Bu Mar.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [605] ---

Ôngka 40, Rê Pn, 18 Mulud, Jimawal 1869, 18 Mèi 1938, Taun XIII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Sêkatenan ing Surakarta - Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Têdhak dhatêng Surakarta - Kasusilan - Gladhèn Panêmpuhing Bêbaya ing Gagana - Marsudi Gêndhing Jawi - Cangkriman Volksalmanak - Utaminipun Lare Èstri Nyambutdamêl - Kawontenan ing Mancapraja - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.

Sêkatenan ing Surakarta

[Grafik]

Untabipun têtiyang wontên papan sêkatenan ing alun-alun Surakarta.

--- [606] ---

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Têdhak Mampir ing Surakarta

Kala tanggal kaping 3 wulan punika Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana têdhak anjumênêngi konpêrènsining para bupati ing Jawi Wetan, ingkang kawontênakên ing Malang. Ing sabibaring konpêrènsi, lajêng têrus têdhak ing Salatiga mampir ing Surakarta.

[Grafik]

Gambar dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana, saha Sampeyan Dalêm Ingkang Minulya Saha Wicaksana wontên ing Gupêrnuran Surakarta.

Têdhak dalêm wau sadumugining watês Surakarta, inggih punika ing Mantingan, dipun papag ing panjênêngan dalêm K.G.P.A.A. Mangkunagara, B.K.P. Angabèi, B.K.A. Kusumayuda, pêpatih dalêm K.P.A.A. Jayanagara, Bupati Sragèn tuwin Kontrolir Sragèn.

Sadumugining watês kabupatèn Sragèn tuwin kabupatèn kitha Mangkunagaran, dipun papag bupati patih Mangkunagaran K.R.M.T. Sarwaka Mangunkusuma, ingkang sampun sadhiya wontên ing ngriku têrus anggarubyug. Sadumugining watês kabupatèn kitha Mangkunagaran tuwin kabupatèn kitha Surakarta, wêwah dipun garubyug ing bupati kitha Surakarta.

Ing Wêkdal punika, ingkang sampun wontên ing dalêm gupêrnuran, pangagêng militèr, asistèn residhèn Klathèn, sèkrêtaris, mayor pangagêng lesiyun Mangkunagaran, bupati tuwin kontrolir Bayalali.

Ing sadèrèngipun Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana rawuh, jam 9.45 asistèn residhèn tuwin kontrolir Surakarta sowan malêbêt dhatêng karaton, mêthuk Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana sakalihan pramèswari dalêm tuwin putri dalêm, Gusti Kangjêng Ratu Pambayun. Jam 10 lajêng têdhak dalêm Gupêrnuran, kanthi lampah kados padatan têdhak loji.

Rawuh dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana ing dalêm gupêrnuran dipun papag ing gupêrnur sakalihan. Lajêng kêtungka rawuh dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana, dipun papag Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana, gupêrnur tuwin sanès-sanèsipun. Lajêng lênggah, jam 11 Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana anglajêngakên têdhak Salatiga.

--- 607 ---

Wulang Sae

Kasusilan

Dening Radèn Tumênggung Arjaprakosa, ing Surakarta

Sambêtipun Kajawèn nomêr 39

Dene brayat-brayat ingkang kêplorot drajatipun, jalaranipun inggih namung saking anggèning nyimpang saking kasusilan. Dene tumraping bôngsa, sarèhning bôngsa punika kalêbêt perangan agêng, dados minggah lan mandhapipun drajat punika wancinipun dangu sangêt, langkah saking umuripun tiyang, ananging para ingkang taksih gêsang sagêd nyumêrêpi saking pèngêtaning sêrat-sêrat babad.

Kajawi saking punika, sarèhning kula gêsang bêbrayan ing jaman samangke punika sasrawungan kalihan bôngsa warni-warni, ingkang tatacara tuwin tatakramanipun beda-beda, awit saking punika, pangambah kula ing margining kamajêngan, kêdah ingkang wêweka utawi ngatos-atos. Tatacara utawi tatakramanipun bôngsa sanès, ingkang botên salaras kalayan wêwatoning kasusilan, tuwin kirang mêmpan tumrap bôngsa Jawi, prayogi botên tinulad. Bab punika kados botên prêlu kula aturakên kalayan panjang, panjênêngan sadaya botên badhe kêkilapan, pundi ingkang prêlu tinulad, tuwin ingkang botên pantês tinulad. Kosokwangsulipun, tatacara utawi tatakrama gadhahanipun piyambak, ingkang nyêbal utawi nyulayani kalihan wêwatoning kasusilan, punika prayogi lajêng kabucal, utawi dipun santuni gagrag enggal, ingkang mathuk kalayan kawontênaning jaman.

Kula bôngsa Jawi sadaya ugi prêlu mangrêtos kadospundi tatacara tuwin tatakramanipun bôngsa sanès, murih sarawungipun kalihan bôngsa sanès wau botên kidhung utawi botên dipun wastani nêrak kasusilan. Kula inggih mangrêtos mênggah kamajênganipun kawruh lair (Wetenschap) punika, mêsthi badhe ngewahi utawi ambangun enggal kawontênanipun tatacara tuwin tatakrama lami, dipun santuni gagrag enggal, ingkang mathuk utawi salaras kalihan andhap inggiling kawruhipun. Pramila kula ngajêng-ajêng mugi tumuntêna wontên ingkang ngadani damêl buku tatacara tuwin tatakrama gagrag enggal, ingkang lajêng dipun waradinakên ing ngakathah, murih para neneman jalêr èstri botên rangu-rangu anggèning ngangge tatakrama.

Kawuningana, mênggah sajatosipun manawi ngrêmbag prakawis kasusilan, sadaya ingkang sampun kula aturakên wau, dèrèng paja-paja nyêkapi, amargi pikajênganipun kasusilan punika ngêwrat pintên-pintên prakawis, suraosipun lêbêt sangêt, tuwin wiyar têbanipun, mila kala-kala gadhah têgês anggêr-anggêr, ugi anggadhahi têgês kuwajiban, kamajêngan, karahayon, kautamèn sarta luhuring bêbudèn, manut darajatipun piyambak-piyambak, ingkang gumêlaripun beda-beda.

Badhe kasambêtan

--- 608 ---

Gladhèn Panêmpuhing Bêbaya Saking Gagana

Ing ngajêng sampun nate wontên wartos bilih ing Batawi badhe kawontênakên galadhèn panêmpuhing bêbaya saking gagana. Bab punika kalampahan wontên ing tanggal 9 wulan punika ing wanci sontên.

[Grafik]

Tumindaking damêl têtulung bêbaya.

Ing wanci sontên wau ing Koningsplein kathah têtiyang ingkang dhatêng prêlu ningali tumindaking gladhèn wau. Mênggah cêkakanipun galadhèn punika tumindak sae kanthi wilujêng.

Kala punika pangagêng ingkang rawuh mariksani kathah, ing golongan sanès militèr tuwin militèr, inggih punika gupêrnur Jawi Kilèn tuwan L.G.C.A. van der Hoek sakalihan, residhèn Mr.H. Fievez de Malines van Ginkel, burgêmistêr Batawi, Ir. C.A. Voorneman, ingkang bupati ing Batawi tuwin Mistêr Kornèlês, warga rad kawula Jhr. Mr. C.H.V. de Villeneuve, Litnan Kolonèl W. Schilling tuwin upsir sanès-sanèsipun. Kajawi punika tumrap ingkang tumindak ing wajib, ing babagan punika, Hoofd der Centrale Inspectie voor den Luchtbeschermingsdienst, kolonèl du Croo, dhirèktur Gemeentewerken tuwin Hoofd Luchtbeschermingsdienst ing Batawi, tuwan J.M.H. Timmermans onderhoofd pakaryan wau, mayor pènsiun J.J. Felix, kalih pisan punika ingkang nyenapatèni damêl, tuwin Dr. P. Peverelli,

--- 609 ---

Hoofd Gemeentelijke Gezondheidsdienst ing Batawi.

Gladhèn punika kaupamèkakên ing ngriku tinêmpuh ing bêbaya saking gagana. Motor-motor mabur andhawahakên bom ingkang sagêd murub. Sanalika ngriku, kintên-kintên wanci jam gangsal, pangagênging Luchtbeschermingsdienst suka sumêrêp dhatêng pakaryan pompa tuwin pulisi, bilih ing ara-ara Pasar Gambir wontên kêbêsmèn, supados ngawontênakên pitulungan tumuntên.

Sajatosipun tuwuhing kêbêsmèn wau ambêsmi griya-griya wêlit ingkang kadamêl wontên ing papan ngriku, kasulêt mawi thermietbom, ing sanalika ngriku lajêng mujudakên kêbêsmèn agêng-agêngan. Botên dangu pompa tuwin pulisi dhatêng, bathêthêt sarwa samapta. Ingkang aba tumandang ing pompa tuwan Bakker, ingkang nindhihi pulisi tuwan Massland tuwin Dekker. Papan kabêsmèn wau lajêng dipun têmpuh ing para tandang wau. Para paniti wontêning gas, lajêng mratitisakên, punapa bom ingkang dhawah punika mawa gas. Ing ngriku juru paniti wau lajêng cangkelak wangsul, suka sumêrêp bilih mêngsah nglêpasi gas êluh, sintên ingkang kataman gas wau tamtu lajêng ngêdalakên êluh.

Ing ngriku para pangagênging damêl lajêng dhawuh dhatêng karerehanipun supados sami ngangge topèng gas tuwin lajêng tumindaka ing damêl. Makatên ugi pakaryan babagan kasarasan sarêng tampi katrangan ugi lajêng tumindak têtulung saprêlunipun dhatêng têtiyang ingkang nêmahi kasangsaran. Oto tiyang sakit, juru ngupakara tiyang sakit sapambantunipun lajêng majêng dhatêng ing papan kasangsaran, ambalêbêti têtiyang ingkang sami kataton, lajêng kainggahakên ing oto, salajêngipun dipun bêkta dhatêng palêrêban, ingkang dipun êdêgakên wontên ing ara-ara. Salajêngipun ingkang sakit dipun upakara saprêlunipun.

[Iklan]

Sasampunipun makatên, papan tilasing kabêsmèn lajêng dipun rêsiki. Wusana bibaran.

Sêsorah ing Radhio saking Bale Pustaka

Benjing ing dintên Ngahad sontên tanggal 22 Mèi 1938, wanci jam ½ 8 dumugi jam 8, Bale Pustaka ngawontênakên sêsorah ing radhio Nirom 2 golflengte 190, ing bab: Cara menghargai karangan, ingkang mêdhar sabda tuwan R. Purwadarminta.

--- 610 ---

Kagunan Jawi

Marsudi Gêndhing Jawi

Sambêtipun Kajawèn Nomêr 38

Pola ôngka: 1

Gd. Clunthang: lr. sl. pt. 9 (sanga)

[Notasi]

Gêndhing Clunthang punika manawi kadamêl irama sêsêg, kangge nabuhi bêksan nglana, manawi irama dipun tambanakên (sarèh) kangge bêksa anggrudha.

Pola ôngka: 2

Gêndhing clunthang wirama tamban, dipun gerongi:

[Notasi]

sgk.= senggakan

Gêndhing Clunthang punika tumrap ing Ngayogyakarta, manawi kangge lênggahan jagongan, dipun ungêlakên, yèn para tamu pinuju dipun sêgah dhahar dening ingkang kagungan prêlu, ungêlipun gêndhing ngantos sarampungipun dhahar, bibar dhahar, ingkang tamtu para tamu wau lajêng sami mêdal ngisis, munduripun saking papan dhahar wau lajêng dipun kurmati gêndhing Jangkrik Genggong.

Gd. Jangkrik Genggong lr. sl. pt. 9

[Notasi]

Gêndhing Jangkrik Genggong ugi asring kangge nabuhi bêksanipun para danawa, ringgit tiyang tuwin topèng.

Bab Pakêmpalan Nabuh Gôngsa

Ing wêkdal punika ing kitha tuwin ing dhusun-dhusun, kathah pakêmpalan sami nabuh gôngsa, mênggah pikajêngipun pakêmpalan wau, bok bilih salah satunggalipun warga pakêmpalan gadhah kaprêluan ingkang mawi nabuh gôngsa, botên susah ngêdalakên wragad kangge ngepahi wiyaga.

Badhe kasambêtan

R.Ng. Pringgahardana

CANGKRIMAN VOLKSALMANAK

Nalika tanggal 14 Mèi ingkang mêntas kapêngkêr punika lotre Volksalmanak taun 1938 sampun kagêbag. Nama-namanipun ingkang pikantuk pris kasêbut ing ngandhap. Tiyang-tiyang wau ugi sampun dipun sukani sumêrêp anggènipun sami angsal kabêgjan.

Ingkang dados komisi nggêbag lotre inggih pangagêng kantor Bale Pustaka kalihan punggawanipun sawatawis, kanthi dipun jênêngi wêwakil pangagêng Nagari lan pèrs, inggih punika: R.T.A. Hasan Soemapradja (Bupati Bêtawi), tuan Sanoesi Pane (Hoofdredacteur Kebangunan), H. Hamid (Redacteur Pemandangan) lan Kamsil (Redacteur Perasaan Kita). Ingkang punika Bale Pustaka ngaturakên gênging panuwun dhatêng para tuwan ingkang sami anjênêngi panggêbagipun lotre wau.

Tumrap tiyang ingkang sami pikantuk ganjaran taun 1938 wau Bale Pustaka ngucap suka sukur, dene tumrap ingkang sami botên pikantuk ganjaran, Bale Pustaka mujèkakên mugi-mugi taun ngajêng sagêda gêntosan pikantuk pris.

Kados taun ingkang sampun kapêngkêr taun punika ugi botên sadaya tiyang ingkang sami tumbas Volksalmanak purun tumut mbatang cangkriman. Ingkang tumbas Volksalmanak 1938 gunggung wotên tiyang 71.000. Dene ingkang tumut mbatang cangkriman kintên-kintên namung wontên tiyang 49.000. Tiyang-tiyang wau sajak sampun sami mangrêtos bilih ingkang kêdah kaanggêp baku punika Volksalmanakipun, sanès cangkrimanipun. Pambatangipun cangkriman namung kangge sambèn, nyobi pados kabêgjan, pikantuk pris sukur, botên pikantuk inggih botên dados punapa.

Kados ingkang sampun-sampun sêrat-sêrat dhatêng Bale Pustaka kangge nakèkakên bab cangkriman wau botên badhe dipun wangsuli. Jalaran punika kamanah kirang prêlu lan ngathah-ngathahi padamêlan kemawon.

Ingkang pikantuk pris Volksalmanak 1938:

1e. Prijs Poernaman Sardjono, p/a Bosch-opzichter Majênang ... f 750,-.

2e. Prijs Abang Achmad bin Abang Palil, berkebun Nanga-Silat, Sintang ... f 250,-.

3e. Prijs Nyi Hawa binti Kemas Abdoelrony, Leerling H.I.S., Palembang, 5 kl., 19 Ilir -J. Guru-guru No. 24 ... f 100,-.

4e. Prijs G.H. Liuw, Guru B.V.S. Loek, p/a J. Tumbel, Salakan (Peling), Luwuk ... f 100,-.

5e. Prijs Koernia, onderwijzer H.I.S. Pasundan, Garut ... f 50,-.

6e. Prijs Mohd. Noer, Volksonderwijzer Cupak, Solok (S.W.K.) ... f 50,-.

7e. Prijs J. Latuminase, Tukang Kebun, Oirata, Pulau Kisar, Molukken, pkt. Wonreli ... f 50,-.

8e. Prijs Mohd. Joenoes, Guru kepala Volksschool, Peukanhilir, Longa, Kutaraja ... f 50,-.

9e. Prijs Soewadi, leerling Keramisch Laboratorium, Bandung ... f 25,-.

10e. Prijs Rr. Soedarni, p/a R. Darsono, manteri politie Boja, Kendal ... f 25,-.

11e. Prijs Mohd. Idham, c/o M. Salman, Vaccinateur, Kp. Sungai Mesa no. 32, Banjermasin ... f 25,-.

12e. Prijs M. Soemarto, Zoutpakhuismeester, Kutoarjo ... f 25,-.

13e. Prijs Padmowisastro, Ajunct Landbouwconsulent, Pokok, Kroya, Benkulen ... f 25.-

14e. Prijs R. Soewarno Hadiwidjojo, Schrijver b/h. Instituut van planten-ziekten, Buitenzorg ... f 25,-

15e. Prijs Daoed Hiliry, berjualan, Keramatstaat, Sabang ... f 25,-

16e. Prijs Moeljo alias Soediro, mandur Goud-Mijn, Sungai Pagu, Muara Labuh ... f 25,-

17e. Prijs M. Soemodiredjo, gepens. Bosch-wachter, kamp. Bulu Lor No. 626, Semarang ... f 25,-

18e. Prijs Nyi M. Haji Siti Rohaja, p/a A. Sastrawinata, Pungkurweg 43A, Bandung ... f 25,-

19e. Prijs Slamet, tremmer Gouv. dok, kamp. Darat, Noerdinweg, Pontianak ... f 25,-

20e. Prijs A. Wangsadidjaja, Inl. hulponderwijzer Vervolgschool, Bayongbong, Garut ... f 25,-

21e. Prijs Hami, mantri b/d. Landschap Cukaiheffing, Muara Teweh, Banjermasin ... f 25,-

22e. Prijs R. Soeparmadi, murid H.C.S., p/a R. Mangkoedidjojo, Gepens. Ass. Wedana, Kranggan, Temanggung ... f 25,-

23e. Prijs Sardjo, kranie B.P.M., Afd. Boekhouding, Plaju, Palembang ... f 25,-

24e. Prijs G.A. Mengko, Guru H.I.S., Menado ... f 25,-

25e. Prijs Kwek Swat Hin, Kranie, Oldenbarneveldtstraat 8, Medan ... f 25,-

26e. Prijs R. Agoes, monteur Gebu, Tasikmalaya (Gang Landraad 15A) ... f 25,-

27e. Prijs Engkan alias Wiraatmadja, Guru ke 1 sekolah desa, Cicopar, onderdistrict Banjarsari, Pkt. Banjarsari ... f 25,-

Badhe kasambêtan

--- 612 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Utaminipun lare èstri nyambutdamêl

I.

Garèng : Wah, Truk, kiraku wong sadunya kiyi ora ana sing sênêng, sing ayêm, kaya Dèn Jaya kae. Dhasar sugih, duwe anak wadon sêpasang, ayu, pintêr, kathik loro-lorone padha nyambutgawe nyang kantor kabèh. Aku sok nyawang saka kadohan manawa kabênêr lunga nyang kantor, anggone dandan cara noni-noni, lakune: cithit, cithit, wa-dhuh ...

Petruk : Mêngko sik, Kang Garèng, sanyatane mono nèk mungguhing aku, durung pati cocog nyang anane bocah wadon padha nyambutgawe kuwi, lo, samono kuwi yèn pancèn ora prêlu bangêt. Saiki kawuwuhan panganggone cara noni-noni, tobat, tobat. Apa panganggone wanita Jawa kuwi kurang bêcik, kurang utama. Nèk aku ngarani luwêse wis ulêng-ulêngan bangêt. Ora aku thok bae sing ngarani bêcik iki, kêna diunèkake bôngsa saindênging tanahe dhewe kene kiyi padha ngarani yèn panganggone wanita Jawa kuwi mêrak-ati bangêt. Buktine: akèh para wanita bôngsa liya padha nelad panganggone wanita Jawa iki, nganti kêrêp bae ana ing Batawi kene aku kêcêlik, tapihe nganggo wiron dijêpèt mêlithit kae, klambine nganggo pêndhatêng, dalasan gêlunge iya cara Jawa jêkèk, barêng tak takoni: kêparêng kula nyuwun priksa, pundi dalêmipun ... durung nganti rampung anggonku pitakon, kanane wis malengos karo muni: êntêk nyahok, ma-tik, - aku, jêbul wanita bôngsa Bandhung. Mara, apa iki ora sawijining bukti utamane panganggoning wanita Jawa. Bôngsa liya-liyane padha nelad, jêbul sing anduwèni malah pêrlop, banjur ngliyêr sandhangane liyan. Ambok sawangên, ta, Kang Garèng, wanita bangsane dhewe sing padha rok-rokan, sing ayu, dadi ala, sing ala dadi èlik, sing èlik dadi ... ora karu-karuan.

Garèng : Wong kowe ora ngrêti, Truk. Kênya-kênya Jawa sok padha manganggo nyara noni-noni, ora golèk ayu-ayunan, manis-manisan, utawa brêgas-brêgasan, nanging kang nomêr siji golèk slamêt, Truk.

Petruk : Nèk ngarah slamêt, hla iki aku iya mupakat, Kang Garèng. Awit manganggo cara noni kuwi, sanadyan ora mundhak ayu, nanging lumrahe sipate Jawa sok banjur nyuwun prêmisi, kang anjalari wong sing durung têpung mêsthi ora bakal [ba...]

--- 613 ---

[...kal] ngarani: kae noni Jawa. Mulane sabanjure iya banjur slamêt, arêp trig-trigan, slamêt, jingklak-jingklak turut dalan, iya slamêt, nonton bioskup, twèdhê porsêtèlêng: mung bêrdhuah sajah: iya slamêt, dalasan arêp jogèd rangkul karo sapa bae, iya slamêt, wong iya ora ana sing padha sumurup yèn si ... Paikêm.

[Grafik]

Garèng : Wis, ora urusane, kok banjur mrono talèncènge. Hla kuwi rak mung slamêt ora dikôndha uwong. Ora ngono, Truk, nanging nyata: slamêt, têmênan kae. Dadi wanita bangsane dhewe kuwi pancèn cilaka têmênan, akèh walang-sangkêre, Truk, mêngkene saru, mêngkono saru, mêngkana saru, cêkake mas saru tansah arêp nginthil bae. Apa manèh yèn nganti kalakon manganggo cara Jawa lumaku dhewe thil, wah, godha rêncanane sêsayahiranèki, Truk. Ora mung bôngsa sinyo rêbo sinyo rêbo sing sok nyak-nyakan wani ngurang ajari sarana unèn-unèn: dhah, sês, dhah, sês, dalasan bangsane dhewe bae iya sok ana sing wani ngêlokake: sêndhiri, jun, utawa: wadhuh, slope, lan êmbuh têmbung kurang ajaran apa manèh. Nanging nèk banjur manganggo cara noni-noni, slamêt, Truk, sabab banjur ora ana sing wani main kurang ajar, main edan-edanan kuwi, sabab wong iya ... noni kuwi mau.

Petruk : Bab anane bocah wadon sok dikurang ajari uwong utawa ora, kuwi saka pokale dhewe, ora gumantung saka panganggone. Akèh bae wanita Jawa ngênggoni Jawane dêlês, malah kajèn, kosokbaline sing cara Lônda blèjèt, jêbul uwong malah ora pati ngajèni. Nèk mungguh panêmuku, Kang Garèng, anggêre padha nêtêpi kasusilaning wanita têmênan, sing isih Jawa dêlês, kuwi laire mêsthi luwih kajèn katimbang sing wis cara Lônda grès. Iki mung tak têpakake awakku dhewe bae. Nèk nyang têpungan priyayi putri sing isih Jawa dêlês, kuwi patrapku, sanadyan têpunga wis lawas pisan, yèn kêtêmu iya isih ajêg mêndhêg-mêndhêg, lungguha barêng, lungguhku iya ngêcêcêng ngajèni kae. Seje karo têpungan priyayi putri sing wis cara Lônda grès, apa manèh yèn têpunge wis rada suwe, kêtêmu saênggon-ênggon iya banjur wani bae, aruh-aruh mangkene: dhah, mopro, tur nganggo wani nyêkêli astane barang. Nèk lungguh bêbarêngan, lungguhku iya ora rikuh tumpang dhêngkul, malah anggonku ngomong

--- 614 ---

iya bisa sakêpenakira bae. Lho, kiyi laire, Kang Garèng. Batine: ora ana wong arêp kurang ajar, yèn batine: slamêt. Karêpe iki mangkene: Wong wadon kang batine slamêt, iya nganggoa cara Jawa utawa cara noni-noni pisan, kuwi yèn duwe kêkarêpan, arêp lêlungan nyang kantor upamane, batine iya mung ngucap mangkene: nowe tu niyat ingsun arêp lunga nyang kantor, wis, cunthêl, ora ana èmbèl-èmbèle manèh. Nanging anggone lumaku iya ora menga-mengo, mung mêndêng nyang kantor thok bae.

Garèng : Yèn kaya mêngkono kuwi rak bisa kalakon ... ditabrak motor, Truk.

Petruk : Lho, karêpe: anggone lumaku ora menga-mengo, mung mêndêng nyang kantor thok bae kuwi, ing kono lakune ora nganggo dièmbèl-èmbèli apa-apa, kaya ta: anggone lumaku, luwih manèh ana ing ngarêpe wong sing brêgas-brêgas, ora nganggo èksêtrah ditata: sêngklik, sêngklik, kleos. Sing sêngklik-sêngklik iki lageyane badane, dene sing mak kleos, kuwi carane yèn menga-mengo, utawa: plerokane. Mara, arêpa manganggo cara apa bae, yèn mêngkono tandange, apa iya ora banjur kalakon dikurang ajari ing uwong ...

Garèng : Wayah, nèk kaya ngono kuwi, apa niyat ... nyambit ulat.

Petruk : Lho, kuwi mung kanggo upama bae, Kang Garèng, ing kene aku mung arêp nêrangake, yèn wanita kuwi tindak-tankuketindak-tanduke. barès, krana lillahi tangala bae, ora nganggo main prêtèngsèng apa-apa, mêsthi slamêt, Kang Garèng. Slamêt ora-orane nganti ana uwong sing wani ngurang ajari, awit, wong lanang kuwi umume nyang bangsane wanita kuwi rak wêdi. Yèn wanita ora ngêwèhi dhadhakan, wong lanang masa wania arêp angganggu gawe, kajaba ta yèn wong lanang sing pancèn anduwèni dhêdhasar ... bajul buntung. Dadi wanita nganti dikurang ajari uwong utawa ora kuwi ora kok saka dening panganggone, nanging saka kalakuane dhewe.

Garèng : Ewasamono, Truk, aku mêksa iya ora wani nyalahake nyang wanita sing padha manganggo cara noni-noni kuwi mau, awit iki rak mung sawijining ihtiyar, supaya aja nganti dikurang ajari ing uwong, awit ing kalangane bangsane dhewe kiyi pancèn iya isih akèh bangsane bajul buntung kuwi. Saiki têrangna calathumu ing ngarêp, kang anêrangake: durung pati cocog nyang anane bocah wadon padha nyambutgawe nyang kantor yèn pancèn ora prêlu bangêt.

Petruk : Nèk wong tuwane pancèn sugih, kayadene Dèn Jaya sing kok kandhakake kuwi mau, dadi rak bisa, ta, ngragadi lan ngopèni anake wadon, kaya-kaya luwih bêcik saupama anake wadon diginau nyambutgawe ana ing ngomah, dadi ing besuk yèn wis laki, panyêkêle bale omah ora kidhung. Ewasamono yèn pancèn prêlu, dikon nyambutgawe iya bêcik, yaiku prêlu ... kanggo reklamê.

--- 615 ---

Kawontênan Mancapraja

Rêmbag ing parêpatan Volkenbond

Ing sadèrèngipun angandharakên ing bab wawasan sadayawiningsajawining. praja punika, rêdaksi prêlu ngaturi uninga rumiyin dhatêng para maos, bilih andharan punika mawi sastra Latiyn. Wontênipun kadamêl makatên, namung prêlu supados pakabaran punika sagêd ngêwrat kathah, tuwin ing sabên sawêdalan sagêda nyêkapi isi babagan wartos sajawining praja ingkang suraosipun sampun têlas samantên, mêdalipun sabên ing dintên Rêbo, dados punapa ingkang kawêdalakên ing dintên Rêbo wau atêgês martosakên pakabaran ing salêbêtipun saminggu, makatên salajêngipun sagêda sambêt-sumambêt.

Kala ing tanggal 9 Volkenbond ngawontênakên pêrêpatan,parêpatan. ingriki prêlu kapretalakakên rumiyin bilih Volkenbond punika wontên warni kalih, gampilanipun dipun wastani parêpatan agêng tuwin parêpatan alit. Ing parêpatan ngriku wontên ingkang ngrêmbag ing bab babagan tanah Ngabêsi. Awit saking wêdharsabdanipun Lord Halifax, gadhah panêdha supados para warga dipun sukanana kamardikan angakêni piyambak-piyambak ing bab panguwaos Italie ing Ngabêsi. Parêpatan ing sadèrèngipun dipun wiwiti, sampun kawontênakên rêmbag ing wingking rumiyin, kanthi ngawontênakên tindak cobèn-cobèn supados wêwakil Ngabêsi sampun mêdal wontên ing parêpatan, awit wêwakil wau botên sande namung badhe ngawontênakên ruwêting rêmbag kemawon. Makatên malih sanadyan wêwakil Inggris tuwin Prancis sagêd ugi botên rêna mirêngakên rêmbagipun wêwakil Ngabêsi wau. Mangka ingajêng nagari kêkalih wau ingkang ngajêngakên tuwin angagêngakên panggalihipun Haile Selassie, inggih punika nalika ing Ngabêsi nêngah-nêngahi paprangan. Rêmbagipun nagari kêkalih wau sampun ngantos Ngabêsi mituruti kêkajênganipun Italie, wusana ngantos Hoare tuwin Laval kêpêksa sèlèh kaministêranipun, amargi gadhah sêdya pados margi supados paprangan wau sagêda kèndêl, tuwin sagêda nata Ngabêsi sampun ngantos kecalan jajahanipun babarpisan.

Sayêktosipun Inggris tuwin Prancis inggih raos kawratan anggèning badhe ngiwakakên Ngabêsi punika. Nagari kêkalih wau sampun kalihdasa taun anggèning dados sawung wontên ing Volkenbond, makatên ugi dados sawung ing nalika badhe ngrampungi rêmbag babagan Ngabêsi ing kala rumiyin. Miturut wêdharsabdanipun Lord Halifax, sanadyan ing kabatosanipun araos awrat, inggih kêdah milih tindak kalih warni salah satunggal, punapa têtêp kêncêng kados ciptanipun ingajêng, punapa ngakêni kawontênan ingkang sampun pinanggih, supados ing donya wontên padhamèn. Tumrap Inggris ingkang dipun pilih ing bab padhamèn. Bonnet, ministêr sajawining praja Prancis cariyos: sadaya warga Volkenbond sami ichtiar warni-warni ingkang nyêkapakên kabêtahanipun Ngabêsi, nanging Prancis têtêp anggènipun sêtya dhatêng kakajênganipun Volkenbond. Dene kakajêngan wau inggih punika rumêksa têtêping karukunan. Dene ingkang dipun usulakên, botên sanès inggih ing bab rumêksa karukunan wau.

Miturut wawasan ingkang sampun, têtêping prajanjianipun Inggris kalihan Italie punika manawi Inggris sampun angakêni panguwaos Italie ing Ngabêsi. Inggih kados makatên punika ingkang dados kêparêngipun Sang Mussolini. Manawi botên makatên, prajanjian wau inggih badhe botên kasêmbadan. Ing sapunika Prancis tuwin Italie sawêg ngawontênakên rêmbag babagan prajanjian kados ingkang katindakakên dening Inggris kalihan Italie wau. Panguwaos Italie inggih kêdah dipun akêni rumiyin. Inggris tuwin Prancis kêdah botên ngiloni nata Ngabêsi.

Ing bab kawontênaning wêwakil praja-praja ingkang parêpatan wontên ing Genève, punika kenging dipun wastani sami cocog dhatêng usulipun Inggris. Namung tumrap Litwinof (Ruslan) nyêmoni sakêdhik. Tumrap Tiongkok tamtu kemawon ngrencangi Ngabêsi, amargi ing wêkdal punika Tiongkok ugi sawêg anglampahi dipun têmpuh kadosdene lêlampahan ing Ngabêsi, tuwin malih Tiongkok ugi kalêbêt ing golonganing kirang kiyat.

Tumrap nagari-nagari alit sampun kathah ingkang ngakêni têtêping panguwaos Italie ing Ngabêsi, inggih punika Nata Italie jumênêng Nata agung ing Ngabêsi, kintên-kintên Inggris tuwin Prancis inggih badhe tumindak makatên. Cordell Hull, ministêr sajawining praja Amerika Sarekat ugi anglairakên rêmbag pamanggihing nagarinipun. Tumrap Amerika, ing bab prakawis Ngabêsi, punika botên ewah panganggêpipun. Amerika botên angakêni dhatêng satunggiling laladan ingkang angsalipun sarana pêksan utawi nêrak suraosing sêrat prajanjian.

Malah Amerika panganggêpipun makatên wau botên ngêmungakên tumrap Ngabêsi kemawon, ingriku kêtingal, bilih trajangipun Amerika punika beda kalihan trajangipun Inggris tuwin Prancis. Ing wulan punika tanggal nèm, wêwakil Amerika ingkang nama Nije usul supados nyuwak awisan ngintunakên dêdamêl dhatêng Sêpanyol. Mênggah kajêngipun, supados Amerika sagêd ambiyantu, sanadyan pambiyantu wau botên ngegla. Dene ingkang badhe dipun biyantu wau golongan ingkang pundi, punika botên prêlu dipun takèkakên. Tamtu kemawon sanès golonganipun Franco. Amerika ugi nayogyani dhatêng usul wau, nanging sawêg dipun salêsihakên dening para ahli ing departement babagan prakawis sajawining praja. Dèrèng dangu Inggris tuwin Prancis sampun saiyêg ing rêmbag, badhe ngêncêngi non-interventie, inggih punika sampun ngêmori damêl dhatêng

--- 616 ---

babagan paprangan ing Sêpanyol. Mila cocog kalihan suraosing prajanjianipun Inggris tuwin Italie, mratelakakên bilih Italie purun ngundurakên wadyanipun saking Sêpanyol. Miturut wartos ing satunggiling sêrat kabar Inggris, mratelakakên bilih karampunganing parentah Amerika tansah dados pangajêng-ajênging ngakathah kanthi sakalangkung dêrêng. Saya langkung dêrêng malih sarêng ngèngêti dhatêng wêdharsabdanipun ministêr babagan wadya dharatan Amerika, ingkang sakalangkung wigatos. Mênggah ingkang dipun kajêngakên dening sêrat kabar wau, punika wêdharsabdanipun Harry Waarding wontên ing wiwitaning wulan punika ing wêkdal pêpanggihanipun para sudagar. Bab punika, Jêrman, Jêpan tuwin Italie dipun èngêtakên sampun sangêt-sangêt andhêsêg nagari ingkang dhêdhasar democratie, awit pikantukipun namung badhe nuwuhakên paprangan.

Ingkang dipun kajêngakên nagari kêkalih punika bokmanawi ing bab kawontênan ingkang pinanggih ing Amerika tuwin Tiongkok. Wêdharsabdanipun Ministêr wau dipun tampi dening sêrat kabar ing Italie nama Gionale d'Italie." Suraosipun: gêgayutanipun kalihan rêmbag wau punapa botên kanthi manah ing bab anggèning Amerika ngiyatakên dêdamêlipun, manawi kajêngipun jalaran badhe nêlukakakên laladan Amerika Têngah tuwin Amerika Kidul.

Wêdharsabdanipun ministêr Summerr Welles ing radio kala tanggal 6 Mèi kêpêngkêr, raosipun ugi kadosdene ngancam dhatêng nagari-nagari dictator. Cariyosipun, Amerika prêlu anggadhahi wadya dharatan tuwin wadya lautan ingkang kiyat, ingkang pikantukipun kangge nyantosani pajagèn praja ngantos dumugining titimangsanipun têtiyang sami nyanggêmi sêrat prajanjian, tuwin panuntun-panuntun nagari supados botên nindakakên kêkêncêngan malih, namung nindakna pikiran ingkang wêning. Têtiyang ing Amerika purun nyambutdamêl sêsarêngan kalihan Amerika Kidul, inggih punika samangsa bangsa Amerika dipun têmpuh ing mêngsah. Manawi wêdharsabdanipun ministêr wau dipun raosakên yêktos, kenging dipun wawas akajêng makatên: nagari dictatorr kêkalih wau dipun èngêtakên, supados botên pados dhadhakan utawi ngiyatakên dayanipun ing Amerika Kidul. Tumrap Amerika Sarikat dipun purih botên ajrih manawi nyambutdamêl sêsarêngan, ngèngêtana sampun namung ngèndêlakên dhatêng nagari dictator kêkalih wau, ing bab anggèning nyêbar daya ing Amerika. Ing têngah-têngahaning wulan April kêpêngkêr, burgemeester New York mêdharsabda wontên ing radio ing bab nagari dictator wau, saya dangu saya katingal dayanipun ing Amerika, saya malih tumrap Amerika Têngah tuwin Amerika Kidul.

[Grafik]

Margi sêpur Tientsin-Pukow inggih punika ingkang wiwit saking Tientsin mlampah mangidul. Ing sapunika sampun wontên margi sêpur saking Kai-Feng dumugi Tientsin-Pukow ingkang lajêng têrus mangetan sapinggiring pasisir laladan Kiang-Su. Hsuchow kaprênah ing simpanganing margi sêpur kêkalih wau, inggih punika laladan Kiang-Su.

Sayêktosipun botên prêlu dipun gumuni ing bab kawontênaning nagari dictator wau anggèning saya kathah dayanipun wontên ing laladan ngriku. Têtiyang Amerika punika ingkang kathah asli saking Eropa Kidul, Eropa Têngah tuwin Eropa Wetan. Mênggah dayaning fascisme, democratie tuwin communisme sami kawigatosakên kanthi sakeca. Ing Amerika Sarikat tuwin Amerika Kidul kathah têtiyangipun Jêrman, ingkang pinanggihipun sampun dados tiyang Amerika, nanging ugi dèrèng kêsupèn dhatêng nagari wutahrahipun. Wontênipun ing Amerika, bangsa Jêrman wau sami golong kanthi santosa. Adat tatacaranipun Jêrman taksih dipun wigatosakên. Pakêmpalanipun bangsa Jêrman punika sakalangkung kiyat, saya tumrapipun wontên ing nagari Rio Grande del Sul, dene dununging pangajêngipun manggèn wontên ing Bêrlin. Dados daya Jêrman ing Brazilie punika agêng. Makatên ugi angèngêtana bilih Jêrman kalihan Brazilie gêgayutanipun babagan economie ugi rakêt. Barang ingkang kalêbêtakên dhatêng Brazilie, ingkang 23% asli saking Jêrman. Manawi dipun cacahna, dayaning nazisme kawon kathah kalihan daya fascisme. Têtiyang Italie ingkang wontên ing Amerika Kidul cacahipun yutan. Tumrap ingkang wontên ing Brazilie kemawon wontên gangsal-wêlas yuta. Wontênipun [Wontên...]

--- 617 ---

[...ipun] ing Italie tuwin Sêpanyol dipun rekadaya supados ing têmbe bangsa Amerika Kidul sagêda rakêt kalihan bangsa wau. Ing Italie wontên sêdya badhe damêl motor mabur ingkang agêng-agêng, prêlu badhe kangge sêsambatan lampah saking Italie dhatêng Amerika Kidul. Ing pundi-pundi panggenan ingkang wontên papan pakèndêlanipun motor mabur, lajêng dipun cakêti kalihan Italie. Ing saindênging Amerika Kidul, têtiyangipun sami angrencangi dhatêng Franco. Makatên ugi ing Amerika Têngah, Franco dipun biyantu dening Falanx Spanye, inggih punika satunggiling pakêmpalan ingkang sêdyanipun badhe manunggilakên sadaya bangsa Latin. Botên kenging botên sêdya wau tamtu badhe anjrah wontên ing Amerika Kidul. Ing Brazilie wontên pakêmpalan nama Acao, ingkang dipunbiyantu dening pakêmpalan bangsa Jêrman ingkang sampun kapratelakakên inginggil. Pakêmpalan wau dhêdhasar fascisme tuwin nazisme. Manawi nitik dayanipun Italie tuwin Jêrman ingriku, punika botên adhêdhasar nêdya nutup korining nagari Brazilie, salugu namung mêndhêt saprêlunipun kemawon. Kala wulan Januari taun punika tiyang Acao kadadosakên kancanipun president Vargas, ingkang sapunika nindakakên paprentahan kados sacaraning dictator Eropa.

Miturut kawontênanipun Amerika Kidul wau, kenging dipun wastani bilih Amerika Kidul badhe jumêdhul wontên ing sisihipun Amerika Lèr, ingkang sagêd damêl gambiraning manahipun têtiyang ing Sêpanyol tuwin Italie. Tumrap Mexico, president Gardenas sampun angawisi têtiyang ngamanca anggadhahi siti tuwin panggaotan. Mênggah kajêngipun, Mexico punika namung kangge Mexico, panggaotanipun kangge bêrah, pasitènipun kangge têtiyang tani. Hak melik ing bab lisah pèt, gadhahanipun bangsa Inggris tuwin Amerika sami dipun bêskup. Ing bab makatên punika Amerika Sarekat gêntos malês dhatêng tindakipun nagari wau, botên purun tumbas salaka saking Mexico. Miturut wartos kala Sabtu kêpêngkêr, Mexico mêdhot sêsambêtanipun kalihan Inggris ing bab babagan politiek ing sawatawis dangunipun. Miturut wartos, enjing punika (tanggal 16 Mèi) Mexico sampun angundang wêwakilipun ing London, tuwin Inggris ugi sampun akèn wangsul wêwakilipun ing Mexico.

Sanadyan president Vargas sampun suka manah dhatêng tiyang Acao, nanging dèrèng cêkap samantên kemawon. Ing bab punika para maos sagêd nguningani ing bab wontênipun ura-uru ing Brazilie kala tanggal 11 Mèi punika. Dèrèng dangu parentah angawisi sawarnining pakêmpalan ingkang adhêdhasar nationaal-socialist. Miturut wartos ing wiwitaning wulan punika, Argentini badhe niru tindakipun parentah Brazilie wau. Amargi nagari wau wontên ebah-ebahan fascist ingkang langkung kiyat, namung tumindakipun parentah sêmu kasamarakên, amargi ngèngêti gêgayutan Amerika kalihan Inggris, tuwin nagari kêkalih wau sami dados lênggananipun Argentini ingkang langkung wigatos. Ing Amerika Kidul punika wontên republiek pitu, ingkang kalih dhoyong dhatêng socialisme, inggih punika Chili tuwin Ecuador. Colombia malêbêt golongan têngah. Ing sadèrèngipun wontên ewah-ewahan ing salêbêtipun wulan Januari kêpêngkêr, ing taun-taunipun kêpêngkêr, Cuatamala San Salvador, Honduras tuwin Costa Rica sami apratela anggolong dhatêng Jêrman tuwin Italie. Tumrap San Salvador lêbêting barang saking sajawining praja dipun cêpêng dening bangsa Jêrman, bangsa Amerika ngantos rumaos kêdhêsêk. Republiek-republiek wau prênahipun sami botên têbih saking susukan Panama ingkang langkung wigatos sangêt tumraping Amerika Sarekat.

[Iklan]

Sintên ingkang sampun maos andharan inginggil punika, tamtu lajêng mangêrtos, punapa sababipun têtiyang ing Amerika Sarekat sami bingung. Manawi nitik sabab-sababipun wau, têmpuking dêmokrasi tuwin fascisme (nationaal-socialisme) pinanggih wontên ing Amerika, mawi anglangkungi Sêpanyol.

Kawontênan ing Tiongkok

Wêdharsabdanipun ministêr babagan dharatan inginggil punika ing sêmu ugi gêgayutan kalihan Tiongkok, gêgayutanipun kalihan sêdya nyambutdamêl sêsarêngan [sêsa...]

--- 618 ---

[...rêngan] ing kalangan economie ing Manscukuo tuwin Tiongkok Lèr.

Wadya Jêpan ingkang wontên ing sisih Kidul tuwin ing sisih Lèr, kala ing dintên Sênèn tanggal 9 Mèi wiwit tumindak ngênêr dhatêng Hsuchow. Hsuchow punika pêrnahipun wontên sapinggiring margi sêpur Langhai tuwin sêpur Tientsin-Pukow. Kala ing dintên Ngahad tanggal 8 Mèi, Amoy dipun broki ing bangsa Jêpan. Ing bab punika pancèn sampun dipun rancang dening Matsui têtindhihing wadyabala Jêpan ing Tiongkok, ingkang nêmbe gumantos. Ing sakawit wadya Jêpan badhe nêmpuh wadya Tiongkok ing Taierchwang, ing Syantung Kidul, nanging botên kasêmbadan, mila lajêng santun nêmpuh mriku punika. Mênggah kajêngipun nêdya angêbroki pasisir Tiongkok sisih Kidul, prêlu anjagi lêbêting dêdamêl. Sarèhning ing sapunika sampun dipun broki, mila tumrap Canton tuwin margi sêpur Canton-Hankow, pinanggih kasamarakên. Ing parêpatan wêwakil ing Inggris, wontên satunggiling warga pitakèn ing bab purun tuwin botênipun Chamberlain nyobi ngrêmbagi murih golongan ingkang sami paprangan punika lajêng purun dami. Wangsulanipun Chamberlain, purun amadamèkakên, anggêr sêsarêngan kalihan nagari sanès-sanèsipun. Nanging samantên punika inggih dèrèng wontên damêlipun manawi golongan ingkang pêrangan kalih pisan wau dèrèng gadhah panêdha supados dipun damèkakên. Ing parêpatan Volkenbond, Tiongkok gadhah panêdha supados dipun pitulungi arta. Ingriku parêpatan nêtêpakên, supados para warga purun nimbang panêdhanipun Tiongkok punika ing saprayoginipun. Ing sabibaripun parêpatan punika, inggih punika kala tanggal 15, Lord Halifax cariyos ing salugunipun, bilih parentah Inggris badhe tumuntên nimbang panêdhanipun Tiongkok wau kanthi yêyêktosan. Mirid ing bab punika, ing sêmu Inggris sampun ragi sumisih ing bab babagan ing Eropa. Kintên-kintên ingkang dipun kajêngakên dening ministêr babagan sajawining praja Jêpan Koki Hirota punapa inggih bab punika, kadosdene ingkang mêntas dipun wêdharsabdakakên. Wêdharsabdanipun wau wontên ingkang suraosipun makatên, kawontênanipun intêrnationaal ingkang kêsangkut kalihan paprangan Jêpan-Tiongkok kêtingal badhe ewah.

Ing bab kawontênaning economie rêkaos. Paprangan punika sampun nêlasakên waragad 300 yuta pondsterling. Botên sagêd pados sambutan arta dhatêng nagari sanès. Pamêdalipun Jêpan mundur 50% tuwin rêgining barang-barang mindhak 30%. Miturut katranganipun Hirota, kawontênanipun Jêpan mutawatosi.

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

Kalawarti Mênara Putêri. Ing wêkasaning wulan punika ing Medan wontên kalawarti enggal nama Mênara Putêri, ingkang kawêdalakên dening Rkj. Rasoena Said, tilas panuntun Pêrmi ing Sumatra-Pasisir-Kilèn. Panuntun wau nate nglampahi paukuman wontên ing Sêmarang jalaran spreekdelict.

Pambiyantu arta kangge nyaèkakên pakampungan. Wontên wartos, parentah kaparêng badhe paring pambiyantu arta dhatêng gemeente ing Bêtawi kangge andandosi pakampungan ing Bêtawi ing salêbêting taun 1938 dumugi taun 1940.

Ambtenaar Post saking nagari Walandi. Wontên panyuwunan saking tanah ngriki, supados wontên insinyur babagan electrotechniek kêkalih saking nagari Walandi kapapanakên wontên ing Pakaryan Post tanah ngriki, saha kapêndhêtakên ingkang sampun nyambutdamêl tigang taun ing radio, tuwin insinyur babagan mêsin kêkalih badhe kadèkèk ing babagan anggêgana militèr, ingkang satunggal sampun nyambutdamêl apêsipun nêm taun.

Ngajêngakên sêsêrêpan babagan dagang. Awit saking pangudinipun ingkang wajib, murih têtyangtêtiyang. ing padhusunan sami mangêrtos dhatêng babagan dagang, saha bab panyadening wulu pamêdal, nging. sapunika ing salêbêtipun kitha Bêtawi kawontênakên pangajaran tumrap para guru sawatawis, bangsa têtiyang siti ing bab babagan dagang, supados salajêngipun sagêd mulang dhatêng para murid. Rekadaya makatên punika botên sanès supados têtiyang dhusun sami sagêd uwal saking tindaking para among dagang lantaran.

Kenging racun tempe. Ing dhusun Pancakusuma, Jawi-Wetan mêntas wontên tiyang 31 sami sakit jalaran mêntas nêdha tempe kêdhêle. Bab punika doktêr lajêng nindakakên pitulungan.

Anjagi katêntrêmaning murid-murid èstri. Jalaran saking kêrêp wontên lare-lare èstri murid sêkolah ing Bêtawi ingkang dipun bêbeda dening murid-murid jalêr ing kalanipun wangsul saking pamulangan, ing sapunika pulisi anjagi sampun ngantos wontên lêlampahan makatên, ing sabên wancinipun lare-lare mantuk sêkolah, samangsa wontên murid-murid jalêr ingkang kèndêl wontên ing panggenan ingkang kakintên kangge nyêgat, lajêng kapurih sumingkir.

Sês krètèk ing Jawi-Wetan kêndho. Ing wêkdal punika pabrik sês krètèk ing Jawi-Wetan kathah ingkang tutup, amargi saking mindhaking rêrêgèn sata, rumaos botên sagêd nutupakên rêgi saking indhaking sata wau, saha samar manawi indhaking rêrêgèn wau ngantos lami.

Pamulangan kangge jongos hotèl. Ing sapunika ing Bandung wontên pamulangan kangge jongos hotèl, ingkang dipun pangajêngi dening tuwan Fr.J.A. van Es, directeur Grand Hotel Homann. Sinaunipun saminggu kaping kalih, wiwit jam 9 dumugi jam 12. Sinaunipun tigang taun nêm wulan, pundi ingkang lulus angsal partisara, kenging kangge pados padamêlan dhatêng hotèl-hotèl ing tanah ngriki, ing kapal-kapal tuwin têtêp wontên ing hotèl ngriku. Dongos-jongosJongos-jongos. wau kaajar tata meja, ngladosi pangunjukan, nampèni tilpun tuwin sanès-sanèsipun, mawi kawulang basa Inggris sawatawis, supados sagêd rêmbagan kalihan tamu ngamanca.

Golongan dagang ing Bênkulên ugi anggondhèli pindhahipun Dr. Soegiri. Miturut wartos, para among dagang ing Bênkulên ugi anggondhèli pindhahipun Dr. Soegiri. Paturanipun kakintunakên lumantar têlêgram. Dene ingkang kangge wêwaton anggèning anggondhèli wau, rumaos bilih têtiyang ingriku sami kapitunan.

Pista bingah-bingah ingsêran siti. Têtiyang ing tanah partikêlir Têluk Pucung, Bêtawi, sami mêntas bingah-bingah anggèning siti ingriku ingkang rumiyin kalêbêt dados panguwaosipun tuwan tanah, ing sapunika mingsêr dados panguwaosipun MaatsrhappijMaatschappij. satêngah Gupêrmèn. Pasamuwanipun ingriku warni-warni, dipun rawuhi ing pangagêng nagari.

--- 619 ---

Mr.R. Soeparman. Kawrat kêkancingan tanggal 2 Mèi 1938 Mr. R. Soeparman katêtêpakên dados advocaad procureur ing Hooggerechtshof.

Paboyongan ing Nieuw Guinea. Miturut pamanggihipun tuwan Kriesfeld, inspecteur Kolonitatieraad, mrayogèkakên supados papan paboyongan ing Nieuw Guinea punika kadadosakên satunggal wontên ing Manokwari, nanging bab punika taksih dados panggalihanipun ingkang wajib. Miturut papriksan, ing laladan Manokwari kathah pasitèn-pasitèn ingkang maluwa, jêmbaripun 20.000 ha tuwin pasitènipun pinanggih loh.

Angsal-angsalanipun tram ing Bêtawi. Angsal-angsalanipun tram ing Bêtawi (B.V.M.) ing wulan April 1938 wontên f 31.984.995.-. Ing wulan April 1937 wontên f 29.262.b45.-

Anjêmbarakên tanêman karèt. Sampun dangu ingkang wajib anggalih ing bab ngindhaki cacahing tanêman karèt. Ing sapunika sampun wontên rancangan, manawi kasêmbadan, benjing antawising taun 1939 tuwin 1940 badhe ngindhaki tanêman karèt 5%.

Gêndhing Jawi anggitan dalêm B.K.P.A. Praboewinoto. Awit saking kêparêng dalêm B.K.P.A. Praboewinoto ing Surakarta, sinatriya agung ingkang misuwur dhatêng gêndhing Jawi, kaparêng nganggit gêndhing enggal ingkang kangge pêrluning Pasar Malêm Sêmarang. Inggih punika ingkang badhe kaêcakakên wontên pambikak tuwin panutuping Pasar Malêm. Ing kala pambikakpunpambikakipun. angungêlakên gêndhing ingkang kanamakakên Suko Bagyo, dene tutupipun mawi gêndhing Glewang Sêmarang.

Tumindaking pangetang cacah jiwa. Tumindaking pangetang cacah jiwa ingkang badhe kawontênakên ing taun 1940 badhe langkung titi, beda kalihan ingkang tumindak kala ing taun 1930, supados ingriku katingal tumindaking pangetang enggal.

Utusan Karaton Ngayogya dhatêng nagari Walandi. Wontên wartos, benjing anyarêngi dhawahing dintên pèngêtan jumênêngan dalêm Nata ing nagari Walandi, Sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogya badhe utusan wêwakil, ingkang kapiji putra dalêm, Gusti Pangeran Hangabèhi, kadhèrèkakên K.R.T. Sindoenagara.

NAGARI WALANDI

Tampi bintang saking Nata Belgie. Sripaduka Prins Bernhard tampi bintang Grootkruis Karajan Belgie saking Prabu Leopold.

Bab pangajaran babagan layaran. Commissie golongan Zee Wezen macak atur supados kawontênakên kapal pamulangan tumrap upsir kapal dagang kadhapuk N.V. Ingriku supados kawontênakên kapal layar kangge ngêmot barang-barang ingkang agêngipun 2500 ton, kapal wau upaminipun kangge momot gandum saking Australie.

Nyukani padamêlan dhatêng golongan angguran. Ministêr babagan sociaal ngintunakên sêrat sêbaran dhatêng para warganing gemeente, ingkang suraosipun, Parentah badhe paring padamêlan langkung agêng dhatêng para golongan angguran. Padamêlan wau badhe sagêd nyarambahi ing golongan angguran cacah 75.000. Bab punika Parentah badhe paring pambiyantu arta.

Motor mabur dhawah. Miturut wartos saking Den Helder, motor mabur ingkang kangge ajar, Fokker E-6 dhawah wontên Wadden zee. Upsir juru anggêgana A. Prins tuwin corporaalvliegtuigmaker De Hair sami nandhang tatu ingkang mutawatosi.

Lisah pèt ing Nieuw Guinea. Miturut palapuran saking Standard Oil of California, tumindaking pangêbur pakaryan lisah pèt bangsa Walandi pinanggih marêmakên. Ingriku taksih wontên pirantos ngêbur tiga iji ingkang badhe katindakakên wontên ing taun punika. Papriksaning siti pinanggih tandha-tandhanipun sae.

EROPA

Ngapsahi adêging parentah Franco. Miturut wartos praja, praja Portêgal angapsahi adêging paprentahanipun Franco ing Sêpanyol.

Kêdah prasêtya, sêtya dhatêng Sang Hitler. Parêpataning Evaneglische raad Oostenrijk nêtêpakên, sawarnining tiyang kêdah prasêtya, sêtya tuwin miturut Sang Hitler.

Kapilih dados president Ierland. Kawartosakên, Dr. Hyde kapilih dados President Ierland. Pamilih punika lulus botên wontên ingkang anduwa, tuwin botên wontên sabab punapa-punapa.

[Iklan]

Sang Hitler sampun dumugi ing Berlijn. Ing tanggal 10 wulan punika sêpur mirunggan ingkang dipun titihi Sang Hitler saking Italie dumugining watês Brenner wanci jam 8.25. Wontên ingriku dipun papag dening Rijksstadhouder Oostenrijk Seyss Inquart tuwin pangagêng Oostenrijk sanès-sanèsipun punapadene pangagêng-pangagêng Jêrman.

Nata Rumenie kakintên dipun pistul ing tiyang. Wontên wartos, nalika panjênêngan Nata Rumenie nuju anjumênêngi arak-arakan dintên kamardikan, ingriku wontên mimis ingkang lumêpas wontên sacêlaking sarira nata. Nanging sarêng dipun titipriksa, mimis wau lumêpas saking tiyang ingkang nêdya nganyut tuwuh.

Nata Italie dipun aturi dhatêng Jêrman. Awit saking kaparêngipun Sang Hitler, ingkang dados pangagênging bangsa Jêrman, nêtêpakên badhe ngaturi Nata Italie sakalihan Pramèswari rawuh ing Jêrman, benjing taun ngajêng. Dene kêlampahanipun wontên ing wulan punapa, dèrèng katêtêpakên.

Pêrang ingkang kêkêtogan. Wadyanipun Franco sampun tansah sumadhiya ing samangsa-mangsa kaangsahakên, minangka panêmpuh kêtogan ingkang lumampah mangalèr. Ing golongan parentah tansah tata-tata angêntosi kalêmpaking bêbantu saking sanès-sanès panggenan. Manawi kêlampahan campuh, sagêd ugi badhe dados wêkasaning pêrangan.

AMERIKA

Ura-uru ing Amerika. Miturut wartos saking Rio de Janeiro, ingriku wontên ura-uru ingkang katindakakên dening Vianavalers, golongan kêmêja ijêm ingkang dipun pangagêngi dening admiraal Raul Tavres. Nanging ura-uru wau lajêng kenging dipun sirêp. Têtiyang ingkang ambalela sami dipun kurung saha dipun cêpêngi. Campuhing golongan ambalela kalihan pulisi ngantos tigang jam.

ASIA

Kathah nagari ingkang kêkurung. Wadya Jêpang ing Peiping sami kêsamaran, amargi kêkurung ing wadya Tiongkok. Ingriku gapura-gapuraning kitha lajêng sami katutup. Panêmpuhing wadya Tiongkok pinanggih ngangsêg sampun cakêt sangêt. Kajawi punika kitha-kitha sanèsipun ugi sampun kêkurung.

--- 620 ---

Wêwaosan

I. Lêlampahanipun Wasili, anakipun Busli.

75

Lan botên antawis dangu, gunggung kêmpal para neneman ingkang sagêd nêtêpi prajanjianipun Wasili wau wontên sanga likur. Inggih neneman sanga likur punika ingkang salajêngipun têtêp dados mitranipun sinarawèdi Wasili. Sadaya wau lajêng sami dipun ajak nêdha tuwin ngombe sêsarêngan kalihan Wasili. Sasampunipun rampung anggènipun nêdha, Wasili lajêng cariyos dhatêng para neneman sanga likur wau makatên:

Wiwit saiki kowe kabèh dadi mitraku sinarawèdi, mati urip kudu barêng. Aku kabèh saikine ora prêlu wêdi karo sapa bae ing sajêrone kutha Nopgorod kene.

Botên watawis dangu pawartosipun sampun sumêbar ing salêbêtipun kitha Nopgorod, bilih Wasili ing griyanipun angêmpalakên para neneman cacahipun sanga likur ingkang sami pêng-pêngan. Sadaya wau sami manggèn wontên ing ngriku, dipun sandhangi, dipun ingoni lan sapituturipun. Cêkak aos, para neneman sanga likur wau, sami dados andhahanipun Wasili. Ingkang makatên punika adamêl gêtêring manahipun tiyang sakitha. Têtiyang wau lajêng sami ngêmpal saha ngrêmbag sidhêman, kadospundi pambudidaya ingkang kêdah dipun tindakakên murih Wasili sampun ngantos gadhah tindak ingkang kirang prayogi. Ing satunggiling dintên nalika para pinunjul ing kitha sami kêmpalan prêlu angrêmbag ing bab ingkang sampun kacariyosakên ing nginggil, dumadakan korining griya ingkang kangge kêmpalan wau, ujug-ujug kabikak purun saking jawi, lan salajêngipun nuntên wontên tiyang sêpuh lumêbêt ing ngriku. Sasampunipun suka urmat samêsthinipun dhatêng têtiyang ingkang sami ngêmpal wontên ing ngriku wau, tiyang sêpuh punika lajêng ngêlus-êlus jenggotipun, anggêjug-gêjugakên têkênipun kaping tiga, saha lajêng wicantên makatên:

Kula ngaturi sugêng dhatêng para sadhèrèk ingkang sami ngêmpal wontên ing ngriki sadaya. Sampun pisan andadosakên panggalih panjênêngan sadaya, dene kula tanpa larapan kumapurun lumêbêt ing ngriki. Nanging ing sarèhning ingkang badhe kula aturakên punika sakalangkung wigatos, kados utami saupami karêmbaga ing ngriki, amila kula lajêng purun anêrak ingkang dados wêwalêring pranatan, inggih punika: dumrojog lumêbêt ing papan pakêmpalan ngriki punika. Mugi-mugi panjênêngan sadaya krêsaa paring pangaksama dhatêng tiyang sêpuh kadosa kula punika. Mênggah ingkang badhe kula aturakên ing panjênêngan sadaya punika makatên:

Panjênêngan sadaya kados sampun sami anguningani, bilih Wasili, anakipun Busli, tiyang sugih ingkang sampun pêjah sawatawis taun sapriki, sampun gadhah tindak daksiya ingkang botên kenging dipun ngapuntên. Awit sampun pintên kemawon lare-lare ing Nopgorod ingkang pinêjahan, lan pintên tiyang kemawon ingkang manggih kasusahan dening pandamêlipun Wasili wau. Ing samangke Wasili sampun sagêd angêmpalakên lare neneman cacahipun sanga likur, ingkang sami pêng-pêngan sadaya. Kula kuwatos bilih sarana andhahanipun ingkang sanga likur wau, piyambakipun lajêng gadhah sêdya badhe mêksa dhatêng kula sadaya supados puruna manut miturut punapa ingkang dados pikajênganipun. Manawi nitik tindakipun ingkang sampun-sampun, kados botên anèh, bilih Wasili angêmpalakên para neneman samantên kathahipun wau, tamtunipun inggih badhe saya mêmpêng anggènipun nêdya tindak siya dhatêng sasami-sami punika. Jalaran saking punika kula gadhah atur dhatêng panjênêngan sadaya, supados kula sadaya ing satunggiling wêkdal ngawontênakên pahargyan agêng-agêngan. Sadaya tiyang ing kitha samia kasêdhahan, kajawi Wasili saandhahanipun. Sanadyan botên dipun ulêmi, kintên kula Wasili saandhahanipun mêksa dhatêng ing pahargyan ngriku. Salajêngipun Wasili nuntên kasêgahana unjuk-unjukan anggur ijêm sagêlas agêng. Manawi piyambakipun purun ngombe anggur wau ngantos têlas, punika atêgês, bilih piyambakipun botên gadhah sêdya awon dhatêng kula sadaya, kosokwangsulipun manawi piyambakipun nampik punapa ingkang kasêgahakên, botên kenging botên piyambakipun tamtu gadhah sêdya ingkang kirang prayogi.

Sarêng tiyang sêpuh wau sampun rampung anggènipun wicantên, sadaya ingkang sami anjênêngi parêpatan wau lajêng sami ngadêg saking palênggahanipun nuntên suka urmat dhatêng tiyang sêpuh, saha sami wicantên makatên: pamrayogi panjênêngan ingkang makatên punika, kula sadaya angrujuki.

Badhe kasambêtan

--- 77 ---

Nomêr 20, 18 Mèi 1938, Taun III.

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn. Juru pangripta: Rr. Siti Mariyam. Kawêdalakên sabên Rêbo

Kagunan Nyêrat (Ambathik, tumrap Wanita Jawi)

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 38

Kosokwangsulipun wèstri ingkang groboh bathikanipun, punika sok dados kusuding asmanipun: Radèn Rara Martini, putrane Radèn Riya anu kae, yèn pancène sêkolahe iya wis sak cukup, rupane ora ambuwang, baud ngendra, nyongkèt gawe taplak meja barang. Nanging gêlaku sathithik, bathikane bok pating jêmbèblèk, karo manèh yèn ngliwêt sangit, yèn anggorèng tempe sok kêgosongên, kêlan ladha cêmplang, yèn nyambêl pêdhêse ngudubilah, anggêtak, ngabangake kuping ambrèbèsake mripat. Lho, samantên kusuding pawèstri ingkang tuna kawruh ambathik lan padamêlan pawon.

[Grafik]

Biyang: Marta Sleman

Mila môngga para pamong tuwin para ibu, sampun bosên lan sampun talompe nyinau utawi anyêrêp-nyêrêpakên dhatêng putra pawèstri, supados ing têmbe mangrêtos padamêlan kasêbut nginggil, tuwin mumpuni saliring padamêlan pawèstri.

Kula rampungi samantên andharan ing nginggil. Panuwun kula dhumatêng para sadhèrèk kula pawèstri, kagunan mônca tuwin ambathik punika, sami kaudia sasarêngan, jêr kalih-kalihipun punika, inggih satunggiling margi, ingkang anjog kagêmèn lan pangiridan, tumrap nindakakên kabêtahan abale griya.

Nyuwun pangapuntên.

Biyang: Marta Sleman

--- 78 ---

Pigunanipun: Ragi Tape

Ragi punika pigunanipun kajawi kenging kangge bumbuning tape, lan sanès-sanèsipun, ugi kenging kangge ngragi nanas ingkang kêcut, murih sagêd ical kêcutipun, lajêng malih dados: lêgi, tur kanthi rênyah raosipun. Kajawi kenging kangge ngragi nanas, ugi kenging kangge ngragi pisang.

Mênggah patrap lan rekadayanipun ngragi nanas wau makatên:

Nanas ingkang taksih nèm (inggih punika nanas ingkang taksih wontên ing uwit) kalêrês ing jêmbulipun katlêsêpana ragi kintên-kintên saprasakawanipun: glintiran ragi. Anggèning nlêsêpakên ragi wau kaangkaha ingkang ngantos mèpèt lan malêbêt saèstu, prêlunipun supados botên sagêd dhawah utawi kabur. Ing têmbe manawi nanas wau sampun matêng, raosipun kêcut ical, lajêng malih dados: lêgi, tur kanthi rênyah.

Sapunika patrap lan rekadayanipun ngragi pisang.

Mênggah ngragi pisang wau ingkang sampun nate kula tindakakên inggih punika: ngragi pisang raja. Wit pisang raja ingkang pinuju awoh, yèn sampun ngantawisi najini, inggih punika: ambucal tuntut, lan ontongipun, tumuntên angowèka kalêrês ing gagangipun tundhunan pisang wau ingkang iring nginggil, mênggah patraping pangowèkipun wau kados sacaraning nôndha durèn, wondene panjanging kowekan ± 4-5 cm, lêbêtipun ± 3 cm. Yèn pangowèkipun tundhunan mau sampun rampung, lajêng kasêsêlana ragi ± ¼ glintiran, tumuntên lajêng katutupana malih ngangge cublikanipun kowekan wau ingkang rapêt. Benjing samôngsa pisang wau sampun sêpuh, lajêng malih dados gilig-gilig, ical lingiripun. Dados lajêng kenging kawastanan ical sipating pisang raja. Dene mênggah raosipun kajawi lêgi, lacuting ginêm kula raosi pisang wau tuntum asin kados winor ing kèju.

Pun S.W. Rêmbang.

Anêksèni panggalihanipun sadhèrèk Nyai Darmaprawira

(Ing Kajawèn ôngka 38)

Kula punika gêgolonganing bôngsa wibi ugi kalêbêt: kolot, malah manggèn ing sapêngkêranipun sadhèrèk Nyai Darmaprawira. Têgêsipun: langkung kolot: kula. Anggèn kula nglampahi nglairakên lare, sampun rambah kaping: pitu, sadaya wau sami dipun garap ing dhukun Jawi, saking kawisesa ing tiyang sêpuh ingkang langkung saking kula: ing kolotipun, lan ingkang kula kêpêksa kêdah namung sarwa manut miturut. Sanadyan anak-anak kula pêpitu wau sadaya sami sêgêr bagas kasarasan lastantun wilujêng: ngantos sami dados tiyang sêpuh. Liripun tumêngkar sami nyambut damêl, nanging

--- 79 ---

sarêng kula nyumêrêpi kalihan titining paripriksa nalikanipun anak kula èstri pambajêng anglairakên lare têmbeyan, dipun garap ing pudpro manggèn wontên ing griya sakit, kula sangêt suka sukur kalihan angluhurakên asmaning Pangeran ingkang Mahakawasa, dene anak kula manggih kabêgyan ingkang sakalangkung agêng. Mênggah caraning pangupakara karêksaning kasarasanipun tiyang sêpuh ing lare: sararenipun, kagarap ing dhukun Jawi lan kagarap prudpo: cocog kados panggêlaranipun sadhèrèk Nyai Darmaprawira, namung kaotipun anak kula wau manggèn wontên ing griya sakit, dados wontên bedanipun ragi sawatawis kathah. Punapa kawontênanipun sêsêrêpan kula, kula manah paedah ugi kêdah kasumêrêpakên ing para wibi ingkang sami dèrèng sumêrêp, katêranganipun ing beda wau makatên:

1e. Sasampunipun angsal katrangan saking dhoktêr: ing tanggal wulanipun badhe lairing bayi kirang watawis 8 dintên, kêdah lajêng manggèn ing dhoktêran. Makatên wau agêng sangêt gunanipun, kraos ing sawanci-wanci, kados ta: dalu têngah dalu, nama sampun prasasat tinênggan ing dhoktêr, amargi tiyang kraos badhe gadhah lare punika: tanpa sraba-sraba, babarpisan botên mawi wontên watawisipun, lan inggih babarpisan botên kenging dipun sêmadosi, upaminipun: tak ngaturi dhoktêr dhisik. Môngka kraos nyakiti punika manawi ngantos: dangu-dangunipun 15 mênit dèrèng luwar, awis tiyang ingkang rumaos sagêd kuwawi anyanggi. Upami ngantos wontên lêlampahan kados makatên wau, punika manawi manggèn wontên ing dhoktêran, sampun nama botên ina, dening sampun sandhingan dhoktêr ing rintên dalu, sami sanalika ugi dhoktêr sagêd enggal mitulungi lan mariksa, manawi rêkaos wontên watawisipun mutawatosi, sawarnining pirantos ingkang môngka kangge sarana pangrêksaning karahayon, sampun sarwa cumawis.

2e. Para pêrplèstêr ingkang sami kapatah ngupakara, mênggahing rahap lan dhokohipun, sangêt angrêsêpakên, katingal kalihan manah suka rila anggèning anglampahi samubarang damêl. Biyung dhatêng anak punika ingatasipun pangopèning sukêr sakit: sampun nama linangkung, ewadene taksih kungkulan dening para pêrplèstêr. Nanging ingkang kados makatên punika, botên lôngka botên nglêngkara, amargi gêsangipun para pêrplèstêr punika, krana para nandhang roga sasaminipun, dados têgêsipun: para pêrplèstêr punika kadarbe ing para roga.

3e. Prakawis wragad, andhatêngakên dhoktêr, lan manggèn wontên ing dhoktêran, punika sami kemawon. Namung manawi mênggahing tiyang ingkang sampun mangrêtos sayêktos dhatêng ing prêlunipun tiyang nglairakên bayi (gadhah lare) sanadyan wragadipun kaot sawatawis, mêsthi milih manggèn wontên ing dhoktêran, amargi:

Ha. Kados ingkang kasêbut: ôngka 1e. lan 2e.

Na. Sadaya pêpacaking dhoktêr tumrap tindaking pangrêksa kasarasan, sagêd têtêp dipun pituhu, beda lan manawi wontên ing griya, mêsthi namung tinêrak wani kemawon, dening botên kêmripat.

Ca. Nyingkiri tatacaraning kina ingkang namung nuwuhakên [nuwuha...]

--- 80 ---

[...kên] woh mitunani, kados ta: wiwit kraos nyakiti, sampun kathah para tôngga têpalih ingkang sami dhatêng rêrencang, nanging namung kêpara ngrepoti, dening botên wontên ingkang sagêd anumrapi dhatêng prakawisipun tiyang ingkang badhe nglairakên lare. Prakawis kados makatên, punika sanès prakawisipun tiyang ingkang rinencangan, rencangipun kêdah namung dhoktêr. Trêkadhang watak tatacara ingkang dèrèng lêrês sae, taksih kathah ingkang ngêlêngakên dhatêng salawananing ungêl. Ingkang têgês namung damêl aliting manah.

Ra. Nyingkiri jagongan wiwit lairing bayi dumugi sapêkênanipun ambêlandrêng sabên dalu, cara kados makatên wau: taksih kathah ingkang sami panggah-panggah angangge. Kula inggih mangrêtos manawi tatacara wau: atêgês minôngka pratôndha pangayubagya sami anglêluruhakên dhatêng ajining jabang bayi pasihaning Allah ingkang nêmbe lair, sawibinipun, nanging kayêktènipun ingkang sampun kalampahan, wibi sajabangbayinipun malah kalirwakakên, kapintên ing pangopèn, sadaya-sadaya namung sami ibut abikut anggènipun ngopèni tamu.

Badhe kasambêtan

Nyai: Pranata

Sinjang Galaran

Ingkang nama sinjang galaran punika bakunipun mêndhêt saking dhêdhasaring sinjang, inggih punika lataranipun, awit wujuding latar kadosdene galar. Dene bab isining sêratan, kenging mêndhêt sakajêngipun, nanging ingkang pantês, mêndhêta bangsaning sêsêkaran ingkang alit-alit, tuwin trapipun ingkang pating prênca, dados botên kêbêk, awit bukuning wujud galaran wau ugi damêl manising sêratan. Malah ugi wontên sinjang galaran ingkang tanpa isi, wujudipun inggih sae.

Mênggah traping galaran punika warni-warni, manut kaparêngipun ingkang ngagêm, wontên ingkang kadamêl ngadêg jêjêg, wontên ingkang mayat kadosdene sinjang parang rusak.

Saening sinjang galaran punika ingkang wujudipun pêthak, nanging ingkang cêtha soganipun, kêgolong sinjang luwêsan, pantêsipun dipun agêm ing putri.

[Grafik]

Ôngka 41, Stu Lê, 21 Mulud, Jimawal 1869, 21 Mèi 1938, Taun XIII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining Kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt - Konpêrènsi Para Bupati ing Magêlang - Pajagèn Bêbaya ing Gagana - Paboyongan ing Pangaron, Borneo Sisih Kidul ingkang Wiwitan - Aksara Gêndhing - Utaminipun Lare Èstri Nyambutdamêl - Cangkriman Volksalmanak - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman bocah.

Pangungsêt

Anèm Sêpuh

Tiyang ngrêmbag babagan ngèlmi punika adhakan nyampe dhatêng umur-umuran, upaminpun: Wong ngudi gèlmu iku kudu wong kang wis ngumur, awit ngèlmu mangkono iku anggone wong kang wis tuwa, mula jênênge ya ngèlmu tuwa. Wontên malih ingkang cariyos: ngèlmu tuwa iku ora mawang wong-wongane, sanadyana isih ênom, yèn pancèn bisa kanggonan, iya kêna bae ngudi.

Sayêktosipun kajêngipun têtêmbugan kalih warni wau lêrês sadaya, inggih mêngku pamênggak, inggih mêngku pitêdah. Tumraping pikajêng pamênggak, supados tiyang punika manawi dèrèng sêpuh pamanahanipun, sampun sok ngudi babagan makatên, awit tumrap tiyang ingkang rekanipun ngudi ngèlmi kabatosan, punika manawi botên nêtêpi tatananipun, lajêng katingal anggèning kados lare alit. Dene ingkang akajêng dados pitêdah, punika malah ngajêngakên murih têtiyang sami puruna ngudi ngèlmi kabatosan, amargi ngèlmi kabatosan punika pangudinipun botên mawi angêntosi wanci, utawi dipun pathok wontên ing umur-umuran.

Dene pasaksèn anèm sêpuhing batos, kados para maos sampun botên kêkilapan, awit botên kirang ucap ingkang mungêl: Wong tuwa kok wêwatêkane kaya bocah. Kosokwangsulipun: Bocah kathik tumuwa têmên.

Bab anèm sêpuh wau wontên isbat ing dêdongengan Tionghwa dongenganipun mitra kula, makatên:

Wontên tiyang sêpuh sampun ngumur 100 taun, lumampah anglangkungi lèpèn, ing ngriku tiyang sêpuh wau sumêrêp wontên lare ngumbah arêng. Tiyang sêpuh wau ing batos gumun, lajêng pitakèn makatên: Lhe, aku gumun bangêt, sajêgku urip, tuwaku nganti samene, lagi wêruh sapisan iki, ana arêng dikumbah. Lare mangsuli: Umur sampeyan êmpun pintên, ta. Tiyang sêpuh: Wis satus taun. Lare mangsuli: Layak, wong têksih bocah ngotên, kula niki êmpun umur rongatus taun. Lare wau sasampunipun wicantên makatên lajêng ical, sajatosipun Malaekat.

Wiwit punika lajêng wontên panganggêp, ing lair, tiyang punika botên kenging nganggêp sêpuh dhatêng badanipun piyambak, mila bôngsa Tionghwa punika tumrapipun dhatêng tiyang sanès, sanadyan taksiha anèm, inggih dipun undang: koh. Dene kabatosanipun, ingkang tanpa anèm sêpuh punika ngèlmi, têgêsipun sami.

Cêkruktruna.

--- 622 ---

[Grafik]

Konpêrènsi para bupati sa-Jawi Têngah ing Magêlang ingkang dipun Jumênêngi Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral.

Pananggalan Jawi

Lêngganan No. K. 1366.

Taun Jawi punika gêgrombolanipun wontên 8 taun, dipun wastani windu. Namining taun ing salêbêtipun windu inggih punika: 1 Alip, 2 Ehe, 3 Jimawal, 4 Je, 5 Dal, 6 Be, 7 Wawu, 8 Jimakir.

Salêbêtipun 8 taun (sawindu), taun ingkang wuntu punika taun ingkang kaping 2, kaping 4 tuwin kaping 8. Dados taun Ehe, Je tuwin Jimakir.

Miturut petangan Jawi taunipun wuntu salêbêtipun 8 taun wontên 3, ing dalêm 120 taun wontên 45. Miturut petangan Arab ing dalêm 30 taun, taunipun wuntu wontên 11. Salêbêtipun 120, wontên 44. Dados petangan Jawi taunipun wuntu langkung kathah tinimbang taun Arab.

Murih taun Jawi lêstantun cocog kalihan taun Arab, sabên 15 windu utawi 120 taun, dipun cocogakên sarana ngewahi taun wuntu Jawi satunggal, dipun dadosakên wastu.

Ewahing taun wuntu punika anjalari mloroding kurup, inggih punika dintên wiwitipun windu. Dados kurup punika sabên 120 taun gantos.

Nanging nocogakên taun Jawi kalihan taun Arab sabên 120 taun sapisan, punika tumrap petangan Jawi sajak botên dipun gatosakên. Tandhanipun, ing salêbêtipun taun 1674 (taun Kristên 1748-49), taun Jawi sampun kacocogakên kalihan taun Arab sarana ngewahi taun wuntu satunggal, inggih punika taun Jimakir ingkang pancènipun taun wuntu lajêng kadadosakên taun wastu. Taun 1748 (taun Kristên 1820-21) dipun cocogakên malih. (Dados dèrèng 120). Tahun Ehe ingkang pancènipun taun wuntu, lajêng kadadosakên taun wastu. (Punika kasèp 2 taun, pancènipun ing taun Jimakir 1746). Makatên ugi ing taun 1866. Taun Jimakir lajêng kadadosakên taun wastu. Mila petangan aboge lajêng botên kangge.

Sabên nocogakên taun Jawi kalihan taun Arab, kurup mêsthi tumut gantos, kados ta ing taun 1674 punika wiwit gêntosipun kurup Jamngiyah dados kurup Kamsiyah. Ing taun 1748 kurup Kamsiyah gantos kurup Arbangiyah. Ing taun 1866 kurup Arbangiyah gantos kurup Salasiyah.

Dumugi taun 1671, taun Dal kadadosakên taun wuntu. Sarêng kurupipun gantos, inggih punika kurup Jamngiyah gantos kurup Kamsiyah, taun Alip 1675, taun Dal 1679 kadadosakên taun wastu. Umuring wulan botên gilir gumantos 30-29, nanging: 30, 30, 29, 29, 29, 29, 30, 29, 30, 29, 30, 30. Ingkang kadadosakên taun wuntu lajêng taun Je. Sadèrèngipun taun Je kadadosakên taun wuntu, inggih punika dumugi taun 1675, umuring wulan kados ing taun wunwastu,wunwasto. gilir gumantos 30-29. Wiwit taun 1678-1790 taun Je dadosipun taun wuntu dèrèng mathok, mila umuring wulan asring kadadosan kadosdene umuring wulan ing taun Dal sasampunipun dados taun wastu. Kados ingkang kapratelakakên ing: pawarsakan, pratelan II wêdalan Bale Pustaka. Tindak makatên wau namung ngangkah supados grêbêg Mulud (12 Mulud) taun Dal sagêd têtêp dhawah dintên: Sênèn Pon.

Wiwit taun 1793 salajêngipun, katêtêpakên taun Ehe, Je tuwin Jimakir kadadosakên taun wuntu. Dene taun Dal katêtêpakên dados taun limrah ingkang umuripun botên gilir gumantos 30-29.

--- [623] ---

[Grafik]

Kados ingkang sampun kaandharakên ing Kajawèn kêpêngkêr, ing bab cobèn-cobèn panjagi bêbaya saking gagana, ing ngriki ngêwrat malih gambar tumindakipun têtulung bêbaya wau. Gambar nginggil: punggawa pompa mangangge topèng gas najunuju. nyirêp griya kêbêsmèn. Ngandhap kiwa: panggenan anêdahakên bêbaya gas. Ngandhap: tumindaking damêl mitulungi tiyang kasangsaran kalêbêtakên ing oto.

--- 624 ---

Pajagèn Bêbaya Ing Gagana

Sambêtipun Kajawèn nomêr 39.

Topèng wau tumuntên dipun sambêt kalihan bumbungan saringan hawa, utawi antawisipun saringan hawa, utawi gêndul zuurstof, lan topèng, mawi pipa karèt ingkang lêmês lan mawi rênggêt-rênggêtan, supados manawi katêkuk sampun mumpêt.

Topèng mawi Zuurstof (Zuurstofmasker).

Topèng ingkang mawi gêndul tosan isi zuurstof sagêd damêl tiyang gêsang mêrdika saking hawa ing awang-awang. Tiyang ingkang ngangge topèng punika sagêd lumêbêt ing limputanipun sadaya gas racun, ugi ing panggenan ingkang tanpa zuurstof, kados ta ing guwa lan sumur ingkang sangêt lêbêt. Kuciwanipun isinipun zuurstof botên sagêd kathah. Kathah-kathahipun kangge gêsang kalih jam, lan malih gêndulipun zuurstof ingkang saking tosan awrat pambêktanipun, wêwah-wêwah rêginipun awis. Gêndul ingkang têlas zuurstof pipun, kêdah dipun isèni malih, manawi tanpa isi tanpa guna.

Limrahipun ingkang dipun bêktani topèng zuurstof punika bôngsa militèr apdhèling ingkang mawi dêdamêl gas, utawi punggawa pabrik ingkang damêl gas racun.

Topèng ingkang mawi bumbungan ingkang damêl rêsik hawa.

Wujudipun bumbungan warni-warni, wontên ingkang bundêr, wontên ingkang bundêr gèpèng. Ing ngandhap wontên bolonganipun agêng kangge lumêbêt hawa, ing nginggil wontên pèntilipun, pèntil wau ambikak manawi saking topèng hawa dipun sêrot. Caranipun ngisèni bumbungan botên sami. Namung bakunipun isèn-isèn wau warni tiga.

Kapisan: arêng ingkang anggadhahi daya sagêd anyêrot gas kadosdene wêsi brani anyêrot bubukan tosan. Dene ingkang sae piyambak dipun angge arêng bathok. Dayaning arêng sagêd nyêrot gas punika dipun agêngakên tikêl-matikêl (activeeren). Salah satunggal saking rekadaya wau inggih punika arêng wau dipun sêtum ngantos 9000C bêntèripun. Saking punika arêng wau lajêng kêbak bolongan ingkang alit-alit sangêt, kados sêpon.

Arêng maligi botên sagêd nyandhêt lampahing sadaya gas, inggih punika gas-gas ingkang gampil sangêt maburipun (vluchtige oorlogsgassen). Pramila sanginggilipun arêng dipun sukani lapisan, glintiran campuran obat pênyawaran.

Kaping kalih: glintiran campuran obat pênyawaran (chemische korrels).

Gas-gas ingkang rikat uburipun (Zeer vluchtige oorlogsgassen) lan botên sagêd kèndêl ing arêng, dumugi ing obat wau lajêng kadamêl cawar, kapêcah-pêcah manjing atunggil kalihan glintiran obat wau.

Arêng ingkang sampun nyêrot gas kathah, angêmbêng toya. Glintiran obat ingkang campur kalihan gas dados bêntèr lan nyêrot toya wau. Kosokwangsulipun arêng kenging bêntèr lan garing sagêd wêwah daya kêkiyatanipun nyêrot, dados arêng ngiyatakên [ngiya...]

--- 625 ---

[...takên] dayaning glintiran obat, glintiran obat damêl agêng dayaning arêng.

Namung kangge conto, satunggiling glintiran campuran obat ingkang dipun angge bôngsa Amerikah, campuran wau kadamêl saking:

gebluschte kalk (apu) ... ± 57,3 %

cement ... 17,8 %

kieselgurh ... 7,6 %

natriumnydroxyde ... 1,5%

natriumpermanganaat ... 3%

vocht (toya) ... 13%

Kaping tiga. Vilt kangge nyaring kukus lan pêdhut.

Arêng lan glintiran obat pênyawaran botên sagêd nahan gas-gas ingkang awarni pêdhut lan kukus, ingkang bageyanipun langkung kasar katimbang gas limrah. Gas-gas awarni pêdhut lan kukus punika sagêd dipun saring mawi vilt. Barang-barang sanèsipun ingkang dipun gunakakên kangge saringan pêdhut lan kukus inggih wontên, nanging taksih kangge wados. Pamasangipun vilt punika ing bageyan ingkang jawi piyambak, sangandhapipun arêng.

Hopcalite pênyawaran koolmonoxyde.

Koolmonoxyde ingkang sagêd kadadosan manawi wontên bom brisant utawi mimis mriyêm anjêmblug, botên sagêd kasaring lan kacawarakên ngangge bumbungan saringan ingkang isinipun kados ing nginggil. Sarèhning koolmonoxyde wontên panggenan ingkang ambikak botên damêl mutawatos, bumbungan saringan kados ing nginggil sampun kaanggêp cêkap.

[Iklan]

Mirungga kangge para militèr lan sanès punggawa ingkang kêdah nyambutdamêl ing panggenan ingkang katutup, lan panggenan wau sagêd dados lesaning mêngsah, bumbungan saringan wau dipun wêwahi isi lapisan, glintiran obat kangge nyawarakên koolmonoxyde, ingkang kawastanan: hopcalite. Nama punika kapêndhêt saking panggenan asalipun damêl, inggih punika laboratorium Hopkins ing California.

Bumbungan saringan hawa ingkang isi hopcalite, dipun sêrat manawi sagêd kangge nyaring koolmonoxyde.

Badhe kasambêtan.

R. Pringgadiharja, Leider gas sectie G.G.D. Bat.

--- 626 ---

Paboyongan Ing Pêngaron, Borneo Sisih Kidul Ingkang Wiwitan.

Kula nuwun, para maos Kajawèn. Sadèrèngipun kula nyariosakên bab ing nginggil punika, kula badhe nyariosakên rumiyin wiwit kula tampi dhawuh saking pangagêng kula supadosa bidhal tumuntên dhatêng papan paboyongan ingkang kasêbut ing nginggil. Ing sakawit, kula kêdah manggihi asistèn kyai, (asistèn wadana) Pêngaron. Ing ngriku kula nêmbe tampi kabar punapa ingikang badhe kula lampahi padamêlanipun.

[Grafik]

Paboyongan ing Pêngaron, Martapura.

Ing dintên ingkang katamtokakên, kula bidhal saking Banjarmasin numpak oto, mêdal margi enggal anglangkungi sêtatsiyun motor mabur. Têbihipun saking Banjarmasin dumugi Martapura 36 km, dene margi lami namung 32 km, anamung margi enggal langkung sae sarta wiyar, malah ingkang sapalih sampun kaaspal. Jam 9 kula dumugi ing Martapura, kula lajêng kèndêl prêlu badhe ningali kawontênan ing ngriku, punapa kitha Martapura wontên majêngipun katimbang nalika taun 1915-1918. Awit ing wêkdal punika kula sampun nate manggèn ing ngriku 2 taun, dados sapriki sampun 23 taun, nalika samantên kula nyambutdamêl ing Geologisch onderzoek, ing dhêpartêmèn Gouvernements Bedrijven. Sarêng kula ningali kawontênan ing ngriku, kithanipun saya asri, awit wêwah tangsi pèl pulisi, sarta griya sêkolahan lan dalêm kontroliran, taksih enggal, wangunan enggal, pakunjaran dipun yasani. Lan pabrikipun intên gadhahanipun tiyang pribumi ugi taksih mlampah. Pêkênipun taksih ajêg, sampun dipun yasani los enggal ugi katingal sae. Pêkên wau taksih manggèn ing pinggir lèpèn Martapura lan pinggir alun-alun, dados kithanipun katingal rame. Kula cêkak samantên kemawon.

Anggèn kula ningali kitha Martapura 1 jam, lajêng têrus bidhal malih dhatêng Pêngaron, marginipun lajêng nyabrang lèpèn Martapura, anamung krêtêgipun nuju risak, nalika bêna tugêl babarpisan. Lajêng kapêksa numpak gèthèk saotonipun, lan kakengingakên bayaran 50 sèn, awit gèthèk wau ingkang ngyasani tiyang dhusun piyambak, kangge tiyang 1 sasèn. Sasampunipun nyabrang lajêng nêrusakên lampah.

--- 627 ---

Margi saantawisipun Martapura Pêngaron, kanan keringipun asri, awit sadaya mèh kêbon karèt gadhahanipun tiyang siti. Têbihipun Martapura Pêngaron 40 km, kirang langkung 20 km, margi lajêng nyimpang, margi sanès têrus dhatêng Kandhangan. Botên dangu lajêng nglangkungi kabudidayan karèt Dhano Salak lan Karangintên, gadhahanipun tiyang Jêpan, ing kabudidayan ngriku kathah sangêt bôngsa Jawi ingkang sami nyambutdamêl, ingkang kathah saking Jawi Wetan.

Jam 11.30 kula sawêg dumugi ing Pêngaron. Lajêng manggihi panjênênganipun asistèn kyai. Wusana dhawuh dhatêng kula supados têrus dhatêng kampung Mêngkauk, têbihipun 4 km saking Pêngaron. Ondêr dhistrik Pêngaron punika manggèn sapinggiring lèpèn Riyam Kiwa, lèpèn wau simpanganipun Riyam Kanan, sasampunipun lèpèn punika dados satunggal wontên ing Martapura, lajêng nama lèpèn Martapura.

Ondêr dhistrik Pêngaron punika ewahipun namung sakêdhik, tinimbang 23 taun kapêngkêr. Griya asistèn dipun damêlakên enggal, pasranggahan sarta sêkolahan ôngka II ugi makatên, pêkênipun dipun yasani los, sarta toko Tiyonghya ugi sampun wontên, katingalipun ragi rame. Pasranggahan wau agêng, awit kinanipun kangge dalêm kontroliran.

Sarêng kula wontên ing Pêngaron sampun ragi aso, lajêng bidhal dhatêng Mêngkauk, nanging sarêng mlampah 1½ km marginipun amblês, awit nêmbe dipun dandosi enggal, môngka taksih môngsa jawah. Jam 12.30 kula sawêg dumugi ing kampung Mêngkauk kanthi wilujêng.

[Iklan]

Sasampunipun bêbarang-barang bêbêktanipun kaandhapakên saking oto, oto lajêng wangsul dhatêng Banjarmasin malih, dene sewanipun oto f 12.- salampahan. Watawis jam 1.30 panjênênganipun asistèn kyai dhatêng numpak oto gadhahanipun piyambak. Prêlu nêdahakên badhe padamêlan kula wontên ing siti paboyongan.

R.S. Citrakusuma,

Kêrtabaruwèh 60 Banjarmasin.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 4983 ing Surakarta. Lêngganan kapetang wiwit: 1-2-'38. Patria enz. badhe kawrat ing paripara No. 10.

Lêngganan nomêr 3327 ing Wlingi. Wisêl f 1.50 sampun katampi, tumrap kuwartal 4. dados têlasipun pambayaran panjênêngan benjing 31-12-'38.

Lêngganan nomêr 964 ing Sidarêja. Lêngganan kapetang wiwit 1-2-'38.

Lêngganan nomêr 3677 ing Kaliwungu. Gambar ingkang kangge bêbingah sampun têlas, botên sagêd tumbas.

--- 628 ---

Kagunan Jawi

Aksara Gêndhing

Sambêtipun Kajawèn nomêr 37

Katranganing aksara gêndhing nginggil punika manawi badhe kangge nyinau laguning gêndhing kêdah dipun apalakên rumiyin, manawi sampun apal dhatêng urut agêng aliting aksara wau lajêng sagêd kangge maos ngungêlakên ukaraning gêndhing, awit manawi namung mangrêtos kemawon dhatêng têngêring aksaranipun, môngka botên apil dhatêng suwaranipun, punika sagêdipun namung kangge nabuh salah satunggaling tabuhan ingkang mawi dipun angkani wilahanipun, ingkang makatên wau manawi bibar nabuh tamtu botên cumanthèl babarpisan, awit panindakipun namung kados mêsin kemawon. Wondene manawi badhe ngapalakên aksaraning gêndhing punika kêdah mawi sarana tigang warni salah satunggal, inggih punika saking nurut suwara wilahaning gôngsa ingkang katabuh piyambak utawi tiyang sanès, manawi botên makatên inggih kêdah katuntun dening satunggaling tiyang ingkang sampun sagêd apal lan mangrêtos dhatêng ajining suwara aksaraning gêndhing, manawi botên makatên, inggih kêdah sampun sagêd dhatêng lêlagon ingkang larasipun slendro, pelog, pelog barang, dene lêlagon ingkang sampun kêlimrah ing ngakathah wau, ingkang têtêp ngangge laras slendro (botên nate dipun pelogakên) inggih punika lagu ilir-ilir, ancak-ancak ale, jamuran, cêmpa, cublak suwêng, lan taksih kathah panunggilanipun. Dene ingkang laras pelog, ing ngriki namung kula pêndhêtakên ingkang sampun ragi mratah, inggih punika têmbang Maskêmambang, ingkang ungêl-ungêlanipun mêndhêt saking sêrat Menak Cina, ungêlipun makatên: Putri Cina gêlasaran mêlas-asih, mara Kelaswara, jurên patenana mami, aja andêdawa lara. Dene ingkang laras pelog barang, ugi namung kula pêndhêtakên saking têmbang Mêgatruh, ingkang ungêl-ungêlanipun ugi sampun mratah dipun sagêdi ing ngakathah, inggih punika: Sigra milir kang gèthèk sinôngga bajul, kawan dasa kang jagèni, ing ngarsa miwah ing pungkur, tanapi ing kanan kering, kang gèthèk lumampah alon.

Nyinau aksaraning laras slendro ingkang botên sarana salah satunggaling têtabuhan utawi botên katuntun ing tiyang ingkang sampun sagêd punika, ing ngriki kula dèkèki sarana lagu ilir-ilir ingkang nginggiling ungêl-ungêlanipun mawi angkaning wilahan laras slendro, lajêng uruting wilahan ingkang namung prêlu kangge anggladhi uruting suwara dhatêng agêng utawi dhatêng alit. Ngangge baku pathêt Manyura.

Badhe kasambêtan.

Kodrat, Batawi Sèntrêm

--- 629 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Utaminipun Lare Èstri Nyambutdamêl

II.

Garèng : Kowe kuwi pancèn ora gênah têmênan, ana bocah wadon nyambutgawe têka kok arani gawe reklamê ...

Petruk : Mêngko sik, Kang Garèng, aku rak kôndha yèn wong tuwane pancèn sugih, ora kêkurangan apa-apa, dadi anake wadon arêp manganggo sing pating plênik, pating pêncorong, pating kêthaklik, nganti katon ninik-ninik, wong tuwane bisa ngragadi, arêp kapengin mangan podhêr, gudir, mihun, martabak, gêthuk cothot, mêsthi bisa kalakon, sabab wong tuwane: tidhak kurang uwang. Arêp apa bae mêsthi bisa katurutan, sanadyana nganggo minyak-minyak wangi sing laring-laring kae, kaya ta: losiyon, dhepiniyah, narsisêblu, utawa ... fèsin.

Garèng : Wayah, nèk fènsin kuwi rak adon-adon kanggo mangsak bakmi, ana kok banjur dicampur wani bae.

Petruk : Wèh, nganti slip omongane. Lho, aku iki mau mung arêp ngandhakake, yèn arêp apa-apa wis bisa kalakon, hla gèk prêlune bae apa kathik banjur kêraya-raya golèk gawean nyang kantor barang kuwi. Kaya-kaya nyang omah rak iya ora kurang gawean: mangsak, mênjait, têbah-têbah, nèk arêp sêporêt, iya ora kurang marga, esuk sore ... ngisèni kulah.

Garèng : Hla, kuwi rak bocah wadon bangsane anakmu anakku kiyi, sanadyana wis dhêklomah, nanging iya dhêklomah ... sêkolahan desa. Balik bocah wadon sêthithik-sêthithike wêton sêkolahan Thimlo, e, nas, Milo, pakulinane sabên dina wis beda, Truk. Yèn dikon: mênjait, mangsak, cêkake dikon nyambutgawe nyang omah sing pating clêkuthik, pating clêkênthung, kuwi sing akèh ora tlatèn, Truk. Hla wong mung dikon rajang-rajang buncis bae, ana sing kalair têmbunge: Hèh, zoooo vies - nèk dijawakake iya kudu dikênès-kênèsake sêthithik mangkene: tobat, tobat, le ngrisèni, hara, hara, hara.

Petruk : Yah, Kang Garèng, le muni mêngkono kuwi, ambok aja dikumplitake, nganggo gela-gelo kathik menjap-mènjêp barang. Aku prêcaya, yèn bocah wadon kang wis pangajaran kaya kang kok kandhakake mau, mêsthine iya sugih aras-arasên saupama dikon thak-thik ana ing omah kuwi. Nanging apa wis mêsthine wong tuwa

--- 630 ---

kudu tansah mituruti karêpe anak. Mêngko gèk ana jaka ngampiri anake wadon sing wis prawan gêdhe, ngajak piknik (darmawisata) mung ... têlung dina bae, dupèh anake wadon sênêng, wong tuwane mung: iya, iya.

Garèng : Nèk piknik nganti têlung dina kuwi, apa prasaksat anak wadon diajani ora agama. Ewasamono nèk mungguhing aku, Truk, anak wadon sanadyana wis prawan gêdhe pisan, yèn mung piknak-piknik bae, sanadyana karo jaka-jaka pisan, kok mêksa ora andadèkake alangan, awit wong wis pangajaran dhuwur, mêsthine rak wis wêruh ngêndi tindak sing bêcik utawa sing ala. Kêna diprêcaya, Truk.

[Grafik]

Petruk : Aku ngandêl, Kang Garèng, wong wis dhuwur pangajarane, mêsthine iya wis wêruh êndi sing bêcik lan êndi sing ala. Nanging kowe aja lali nyang kasêktèning setan, pintêr bangêt ambêlithuk, Kang Garèng, nganti ibu Hawa dhewe, sing wis têtela mungguhing sukcine, mêksa kêna kêblithuk ing setan, kang sabanjure nganti wani nêrak larangane Ingkang Kuwasa, yaiku dhahar woh kuldi. Mulane mungguhing aku, dadi wong tuwa kang pancèn trêsna nyang anake kuwi, ora kêna pêdhot kudu tansah anjaga nyang kaslamêtane anake. Aja kok dupèh anake sênêng banjur: bolih-bolih sajah, nanging kudu ditimbang kanthi prêmati - cara Kawine - pêmburine bakal andadèkake sabab apa ora. Piknik karo jaka-jaka upamane, iya kudu ditimbang têmênan anggone arêp awèh palilah, kudu ngelingi: pring padha êpring, mas gosak-gosok mak: cus.

Garèng : Wèyèh, ambok aja sawiyah-sawiyah mêngkono. Hla nèk tansah dipikir kêjêron mêngkono, karêpe iya banjur langganan: ora olèh, ora olèh.

Petruk : Lho, wong duwe anak wadon kuwi pancèn abot sanggane, ibarate mungsuh munggèng jangklakan, mulane iya tansah ora kêna sêpi ing ihtiyar, supaya bisa slamêt ing pêmburine. Kayadene wong tuwa kang wis cukup pamêtune, nglarangi anake wadon kang wis katam pangajarane, nyambutgawe ing kantor, nanging malah banjur diprêdi dikon nyambutgawe ing omah, iki iya kêna tak arani: sawijing ihtiyare wong tuwa kang pêng-pêngan bangêt.

Garèng : Ora cocog aku, Truk, luwih manèh tumrape ing jaman saiki. Nèk anake wadon mau pancèn bisa olèh pagawean ing kantor, nèk aku mupakat tak kon nyambutgawe. Mungguh sababe: 1e nèk rupane nyêngkuwêk ala bangêt, nganti wong lanang mêsthi

--- 631 ---

aras-arasên ngêpèk, kang anjalari kapêksa dadi prawan sajêge urip, ora prêlu kuwatir, yèn wis tuwa bakal kapiran-kapirun, sabab wis bisa golèk pangan dhewe. Kajaba saka iku, bocah wadon kuwi mêsthi ana dayane pênarik, lan saka sêsrawungane sabên dina karo kônca-kancane nyambutgawe, sapa wêruh suwe-suwene salah siji kancane banjur kêtarik atine, awit: witing trêsna saka kulina, iya kulina sêsrawungan sabên dina kuwi mau. Nèk ana ing omah bae, arêp sêsrawungan karo sapa. Nèk wong tuwane sugih bêgja-bêgjane sêsrawungane iya karo ... supire. Mara, apa ora bêcik bocah wadon nyambutgawe, sanadyan sing rupane ala pisan.

Petruk : Bab prakara jodho kuwi manusa ora bisa gawe, kabèh-kabèh mung saka krêsaning Pangeran. Mulane bab kiyi ora prêlu dirêmbug dawa-dawa. Kowe mau ngandhakake bocah wadon kang èlik bangêt rupane. Kanthi katêranganamu sing ngalur-alur mau, kowe arêp ambuktèkake, yèn luwih bêcik nyambutgawe ana ing kantor katimbang ana ing omah bae. Nèk pancèn kabênêran kaya kandhamu mau, bisa uga yèn tibane mêngkono, nanging kosokbaline rak bisa malah ora kêpenak kêdadeyane, kaya ta: ing sarèhne ana ing kantor pirang-pirang sêsrawungane, dadi banjur akèh wong sing wêruh, kuwi bisa uga banjur dadi rêrasanan mangkene: wah, prawane Mas Mangun kae, wis rupane ala ora karu-karuan, kênèse ngudubilahi, apa rumasane anggêr wong dhêmên karo dhapure apa, dikon ngingu kanggo padang bae, nèk aku ora sondèl. Seje karo yèn ana ing omah bae, ora tau mêtu-mêtu, dadi arang sing bisa srawungan, kuwi nèk ana wong sing wêruh, anggone ngrasani malah mangkene: prawane Mas Mangun kae bênêr ala rupane, nanging, wah, anggone doyan gawe, tur bêkti nyang wong tuwa, pantês ingalêmbana têmênan. Duwea anak lanang mêngkono, aku kok kêpengin ngêpèk mantu. Lho, kuwi bêgjane bocah wadon ana ing omah, wong iya ora akèh sing wêruh, sing ala kuwi sok banjur ora kêtara, sing mêtu ana ing jaba, banjur sok mung sing bêcik bae.

Garèng : Wayah, nèk ngomong banjur diingar-ingêr mêngkono, iya wis mêsthi bae, yèn sing bêcik dadi ala, sing ala dadi bêcik. Wis, Truk, tak banjurne rêmbugku ing ngarêp. Saiki nèk bocah wadon kang nyambutgawe mau rupane ambalindrik ayu, wah, mêsthi cêpak bangêt jatukramane. Sabab banjur akèh sêsrawungane, dadi sadhela bae banjur kêwruhan mungguh ayuning rupane. Apa ora mak: gèndhêl, banjur olèh jodho bae.

Petruk : Iya bisa uga mangkono, Kang Garèng, nanging ing sarèhning mêtu sakolah, ujug-ujug banjur nyambutgawe bae, dadi durung tau: praktèk, nyambutgawe ana ing omah, apa sabanjure ora têtêp jênêng: wong wadon larang.

--- 632 ---

CANGKRIMAN VOLKSALMANAK

(Sambêtipun Kajawèn No. 40)

Ingkang angsal ganjaran:

28e. Prijs R.M. Soetojo, Kolonist Gadingrejo, Pkt. Tanjung Karang ... f 25,-

29e. Prijs Achmad, p/a H.I.S. Pasundan, Kerkstraat 47, Mr. Cornelis ... f 10,-

30e. Prijs D. Soedjanapria, 2e, Volksonderwijs, Ciherang, Tanjung Sari, Sumedang ... f 10,-

31e. Prijs Januar Sjahboedin, partikulir binnenweg 7, Sarulangun, Jambi ... f 10,-

32e. Prijs R. Soekardi, bêkas murid I.S. Kasiyam Kidul, Ond. Pugêr, Balung, Jember ... f 10,-

33e. Prijs Personeel Kantoor Rijkskas, Kepatihan, Surakarta ... f 10,-

34e. Prijs Wiro-Djono, p/a Kantoor Rijkswerken, kamp. Sungkur, Klaten (N.I.S.) ... f 10,-

[Grafik]

Inginggil punika ngêwrat gambaripun tuwan-tuwan ingkang sami anjênêngi panggêbagipun cangkriman Volksalmanak 1938. Gambar saking têngên mangiwa: Tuwan Dr. K.A.H. Hidding, Hoofdambtenaar Bale Pustaka, R.T.A. Hassan Soema di Pradja, Bupati Bêtawi, Dr. J. Doorenbos, Taalambtenaar Bale Pustaka, Hamid, wakil Pemandangan, A. Kansil saking Perasaan Kita lan Sanoesi Pane saking Kebangunan. Ingkang sami ngadêg ing wingking, punika sadaya ambtenaar ing Bale Pustaka

35e. Prijs M. Wiradiredja, Particulier, Kamp. Serut, Sukasenang, Bojongsalam, Garut ... f 10,-

36e. Prijs Aminoellah, B. 17 No. 6, B.P. Mij, Pangkalan Brandan (O.v.S) ... f 10,-

37e. Prijs Mohd. Salim, Haltechef b/d. A.S.S., Meureudu, Aceh ... f 10,-

38e. Prijs Darmoatmodjo, p/a King Gwan Tjwan Tjin & Co, Postbox 156, Surabaya ... f 10,-

39e. Prijs Marlijah, Guru merenda, Patumbah Mij., Senembah, Medan ... f 10,-

40e. Prijs Sastromihardjo, Volksonderwijzer, Sedayu, Gunungpati, Ungaran, Semarang ... f 10,-

41e. Prijs Idham, Magazijn Gemeentewerken, kamp. Keles Gd. I. Probolinggo ... f 10,-

42e. Prijs R. Ngadiman, Klerk S.D.S., Masigitweg 25, Purwokerto ... f 10,-

43e. Prijs M. Mh. Sapari, kamp. Kropeak, desa Tegalsari. onderd. Wanaraja, Garut ... f 10,-

44e. Prijs Tengku Moehd. Heder, p/a Tengkue Amir Hoesin, Landraad, Palembang ... f 10,-

45e. Prijs K. Kartosoebroto, Kepala Vervolgschool, Danasrikidul, Kroya ... f 10,-

46e. Prijs S. Hoetapea, Cranie, N.K.P.M. Jambu, Z.S.S. Karangendah, Palembang ... f 10,-

47e. Prijs R. Soekapmin Dibjowinoto, Handelaar, Wonosari, Jokya ... f 10,-

48e. Prijs Soedjatmadisastra, Kuwu desa Pasiripis, onderd. Jatitujujuh, (Majalengka) Jatiwangi S.C.S ... f 10,-

49e. Prijs Djais, Guru I, desa Gepor, Sukareja ... f 10,-

50e. Prijs G. Mar'ie, toko No. 97, Handelaar, Tembilahan ... f 10,-

51e. Prijs Asnawi bin Hadji Napis, berjual ikan, kamp. Melayu, Tembilahan, Indragiri ... f 10,-

52e. Prijs I. Made Mantra, Klerk Centraalkantoor v/d. Comptabliliteit, Goaweg Gang voor Radiostation, Makassar ... f 10,-

53e. Prijs Djoedin Siregar, Latex ontvangen cranie, Afd. 5, Serang Jaya, Est., Kualasimpang (Aceh) ... f 10,-

54e. Prijs Ms. Idoep Onol, Empl. Coop. Usaha Kita, Tanjungredep (Boreno) ... f 10,-

55e. Prijs Datan Napitoepoeloe, mantri O.Z.R., Bulucina, Binjai, O.v.S. ... f 10,-

56e. Prijs Nining Soewarni, Kassier, desa Coblong, Gang Haji Durasid No. 10, Bandung ... f 10,-

57e. Prijs Djahidin glr. St. Zainoeddin, Volksonderwijzer, Calang (Aceh) ... f 10,-

58e. Prijs Abdoel Ganibinoe, Schrijver b/d. Strafgevangenis en H.v.B., Percutweg 70, Medan ... f 10,-

59e. Prijs M. Soepomo, Beheerder P.T.T., Baturosa ... f 10,-

60e. Prijs Soenana'ir, Patoman, Ambarawa (Willem I) ... f 10,-

61e. Prijs Moehd. Ali bin Moehd. Amin, Penghulu kamp. Benteng, Siak Sri Indrapura ... f 10,-

62e. Prijs Ismail, berkedai nasi, Penuba, Lingga (Riouw) ... f 10,-

63e. Prijs T. 'Arbie, Schrijver Controleurkantoor, Kutaraja (Aceh) ... f 10,-

64e. T. Hasan, Landschapsschrijver Kaway XVI, Meulaboh, Westkust van Aceh ... f 10,-

65e. Prijs Erriet Esther Tiugon, Verpl. polikliniek Airmadidi, Tonzea, Menado ... f 10,-

66e. Prijs Moehd. Hoesin, Hulponderwijzer Vervolgschool, Sampit, Afd. Kapuas-Barito, Banjermasin (Borneo) ... f 10,-

67e. Prijs R. Darisman, Pembantu pasar, Sambi, Banyudono, Boyolali (Surakarta) ... f 10,-

68e. Prijs R. Tatang, Tani, Saluwih, Cianjur ... f 10,-

69e. Prijs S.R. Sastro, Meulaboh, Aceh ... f 5,-

--- 633 ---

[Iklan]

70e. Prijs Halil No. 22005, Meetmandoer Afd. Terrein dienst, p/a Niam, Bajubang, Jambi ... f 5,-

71e. Prijs Boki Soleman, Radio straat, Posso (Tominibocht) ... f 5,-

72e. Prijs Moehd. Djawahir, Volksonderwijzer Tegalomba, Pacitan ... f 5,-

73e. Prijs Boekhandel "Skata", Berastagi ... f 5,-

74e. Prijs Hasanoe'ddin, Hulponderw. Pasarstraat Singkil (Aceh) ... f 5,-

75e. Prijs M. Zen, Aannemer kayu, Kamp. Lubuk, Sarolangun ... f 5,-

76e. Prijs Siti Marian, 11. H.I.S. Cimalaka, Sumzdang ... f 5,-

77e. Prijs S. Kartamihardja, Kebonklapa-Mojokerto, Meester-Cornelis ... f 5,-

78e. Prijs Enni, rumah no. 7 dimuka Tanah Voetbal B.P.M. Pangkalan Brandan ... f 5,-

79e. Prijs Sian gelar Menaro Sutan, Guru I pada Volksschool Indrapura, Pkt. Tepan ... f 5,-

80e. Prijs M. Ng. Ach. Saleh, Schrijver b/h Jaksakantoor Jember ... f 5,-

81e. Prijs Sarpingi al. Nitihardjo, Mandur fabriek C.O. Danuraja, Pasirian ... f 5,-

82e. Prijs Rd. Kartamihardja, 1ste Onderw. Volksschool Ciwalen, Cianjur ... f 5,-

83e. Prijs R. Oemar, c.o. Landschaps-Hospitaal Peureula (Aceh) ... f 5,-

84e. Prijs Karani bin Loedin, Walangku Barabai (Borneo) ... f 5,-

85e. Prijs Mohd. Mochtar, Korpl. Asp. Officier b/h. Korps Barisan Pamekasan ... f 5,-

86e. Prijs Darna, c/o Jalan Pagarsih No. 111/89, Bandung ... f 5,-

87e. Prijs Djarot al Sastrodirdjo, Tambakrejo, Madiun ... f 5,-

88e. Prijs Abdoe'rrachman, Looper Notaris C.J.J. Gottgens, Cremerweg No. 14, Medan ... f 5,-

89e. Prijs Kasmadi p/a K.P.M. Jambi ... f 5,-

90e. Prijs Kartosoedigdo, Beheerder Pandhuisdienst Kuduran, Ngawen ... f 5,-

91e. Prijs Ading, Kleermakerij Nicotiana Capitol I Sukabumi ... f 5,-

92e. Prijs Kamidoen, Agt. V.p. No. 86 (Kazerne Veldpolitie) Pariaman ... f 5,-

93e. Prijs Timbal al. Partadiwirdjo, Kepala desa Merden, Prembun ... f 5,-

94e. Prijs Soedijono, Amtenaar S.C.S.Cheribon ... f 5,-

95e. Prijs Samioen p/a Noerhasan, schrijver Ass. Wedana Ligung (Majalengka) ... f 5,-

96e. Prijs A. Mizland, Houtopnemer b/h Boschwezen, Muarastraat, Air Bangis (S.W.K) ... f 5,-

97e. Prijs Hardjasentana, Jav. Inf. 1e kl. Alg. Stb. No. 16505, 3e. Garnz. Baton van A en O Detachement Langsa ... f 5,-

98e. Prijs A. Rahim Haroen, Hulpbesteller, Pasebanstraat, Marma (Benkulen) ... f 5,-

99e. Prijs Mitrasoemarta, Jagal, Pringgading (Solo) ... f 5,-

100e. Prijs Dja'afar Abdoellah, guru Deniyahschool Rau-Rau, Fort v.d. Capellen ... f 5,-

101e. Prijs Moh. Sanoesi, Hoedenmaker, Cibantar No. 3 blok 11c. Bandung ... f 5,-

102e. Prijs 'Abdoe'rrasjid, Volksonderwijzer, Sungai Langsat, Sijunjung (S.W.K) ... f 5,-

103e. Prijs R. Soekarman, Guru Merbabustr. Gang Suparwi No. 6, Madiun ... f 5,-

104e. Prijs R. Moh. Bazar-Ma'aroef, guru Muhamm. School, Pekarungan 90-Cheribon ... f 5,-

105e. Prijs Moeh. Mansoer al. Didi, Marktmeester Sumedang ... f 5,-

106e. Prijs Sastrowirjono, Kepala sek. Volkssch. Made, Onderdistr. Slogohimo, Regentschap Wonogiri, Surakarta ... f 5,-

107e. Prijs Eddoet, Diestributie kantor Nove, Wenkebackstr. No. 28, Bandung ... f 5,-

108e. Prijs Prawirosardjono, Jineman pangreh projo, Giritontro, Baturetno ... f 5,-

109e. Prijs Amat, Politieagent kl. II no. 50, Pontianak ... f 5,-

110e. Prijs Ngarso, murid madrasah B. Selamat, onderneming Bandar Selamat, Pulau Raja ... f 5,-

Badhe kasambêtan.

--- 634 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

[Grafik]

Badhe wontên tamu saking Yaman. Wontên wartos, awit saking kajêngipun golongan Arab ing Bêtawi, gadhah sêdya badhe ngaturi Pangeranpati saking Yaman (kacêtha ing gambar) ingkang sapunika nuju wontên ing Tokio anjênêngi pambikaking masjid agêng ing Tokio. Ing pangangkah benjing sawangsulipun saking Jêpan mampira tanah ngriki.

Suntikan ingkang kawajibakên. Wiwit kala tanggal 9 wulan punika, ing bawah ondêr dhistrik Cikalong Wetan, Bandung, têtiyangipun ingriku sami kawajibakên suntik. Wontên kawan dhusun ingkang kêdah katindakakên makatên. Tindak suntikan punika botên jalaran ingriku kathah tiyangipun ingkang sami tiwas, nyatanipun jalaran ingriku pinanggih kathah tikusipun ingkang sami pêjah.

Angsal-angsalanipun pabeyan ing Surabaya. Angsal-angsalanipun pabeyan ing Surabaya ing salêbêtipun wulan April taun punika wontên f 1.762.438,42. Kala wulan April taun kêpêngkêr wontên f 1.881.398.64, dados pinanggih suda. Angsal-angsalan wiwit wulan Januari dumugi April 1938, wontên f 7.491.568.85. Pêpetangan makatên ing taun 1937 wontên f 7.314.204.86, dados racakipun taksih langkung kathah ing taun punika.

Manggih mayit ing pucaking rêdi Lawu. Satunggiling bangsa Eropa ingkang nuju minggah rêdi Lawu, nalika dumugi ing pucak manggih miyitipun tiyang siti 2 wontên pucaking rêdi. Bab punika lajêng dipun lapurakên dhatêng pulisi, salajêngipun dipun bêkta dhatêng Surakarta badhe kapriksa. Mayit wau mayitipun tiyang agami Budha. Dene sababipun tiwas, jalaran katêmpuh ing ampuhan.

Ir. Soekarno sampun dumugi ing Bênkulên. Ir. Soekarno ingkang kapindhah saking papanipun lami dhatêng Bênkulên, ing sapunika sampun dumugi ing Bênkulên, wilujêng.

Sêsakit untu jalaran saking toya. Pangagêng ingkang ambawahakên Segalaherang, kalêrês sukuning rêdi Tangkubanprahu, Priyangan, amigatosakên dhatêng wontêning têtiyang ing laladan ngriku anggèning sami sakit untu. Sarêng bab punika kalapurakên dhatêng Pakaryan babagan Kasarasan, miturut papriksanipun Dr. Ouw Eng Liang, jalaraning sêsakit untu ingriku saking toya ombèn. Têtiyang ingriku ingkang sakit untu wontên 10.000.

Islamitische Theologisch Hooggeschool. Ing Ngayogya mêntas wontên parêpataning para golongan Muhammadiyah saking pundi-pundi, ingkang wosipun ngrêmbag bab badhe adêging Islamitische Theologisch Hoogeschool. Gêlênging rêmbag: Muhammadiyah Bêtawi badhe ngagêngakên pamulangan têngahan ingkang sapunika sampun wontên, Surabaya badhe ngêdêgakên Theologische Volksuniversiteit kangge têtiyang sêpuh, tuwin murid-murid saking pondhok, ing Surakarta badhe dipun dêgi Theologische Hoogeschool, anampèni murid saking A.M.S. tuwin sanès-sanèsipun ingkang kasamèkakên. Waragading adêgipun pamulangan wau dipun sanggi dening Wakafstichting. Miturut wartos wontên bangsa luhur ing Surakarta ingkang badhe paring darma kangge adêging Theologische Hoogeschool wau f 10.000,-.

Sêkar mêlathi ing Cirêbon. Ing wêkdal punika dagangan sêkar mêlathi ing Cirêbon sakalangkung majêng, rêginipun ngantos nyêngkrèk sangêt, rumiyin ingkang sakatos namung rêgi f 0.40 sagêd ngantos pajêng f 1.-. Sêkar wau sami dipun tumbasi ing bangsa Tionghwa kangge ngukup tèh. Têtiyang ingkang nanêm ngantos dasanan bau, wontên ing dhusun Kalitanjung, Pasisir, Cangkol tuwin sanès-sanèsipun.

Mangsa katiga ingkang badhe kêlampahan. Miturut tandha-tandha ingkang pinanggih ing Observatorium ing Bêtawi, kêtiganipun ing mangsa punika badhe sakalangkung ngêrak, nanging ugi wontên tandha-tandhanipun ingkang sagêd ngewahakên.

Pamulangan luhur Dokter. Katêtêpakên dados arts, tuwan-tuwan Soedarsono Mangoenhadikoesoemo tuwin M. Goenawan. Lulus doktoraalexamen, nona Oejoe Roebaah tuwin tuwan-tuwan Lauw Ing Tjhiong, Oey Yan Hong, Ramli, Tio Sie Bing tuwin L.L.Tobing.

Congres Muhammadiyah ingkang kaping 27. Miturut wartos, congres Muhammadiyah ingkang kaping 27 badhe manggèn ing Malang, wontên ing tanggal 21 Juli ngajêng punika.

O.L. Mij. Rukti Wuri. Kala tanggal 15 wulan punika O.L. Mij. Rukti Wuri ing Ngayogya ngawontênakên pèngêtan adêging bêbadan wau sampun 10 taun. O.L. Mij. Rukti Wuri punika adêgipun kala ing taun 1928, dipun adani dening R.A. Maria Soelastri, vrudvrouw ing Karaton. Miturut palapuran ing taun 1937, warganing pakêmpalan wau sampun wontên 669, isi têtanggêlan jiwa f 225.200.-.

Padagangan payung ing Juwiring. Dumuginipun wêkdal punika padagangan payung damêlan ing Juwiring, Klathèn saya majêng. Miturut pèngêtan, kala ing taun 1936 namung ngêdalakên 1000 iji, ing taun 1936 mindhakipun ngêgèt, ngantos 120.000 iji, sarêng taun 1937 mindhak dados 180.000 iji. Rêgining payung wêdalan ingriku 1 iji 5 sèn, 18 sèn tuwin 35 sèn, manut undha-usuking barang. Rumiyin pakaryan wau namung dipun tindakakên ing têtiyang 5 dhusun, ing sapunika mindhak dados 9 dhusun. Pakaryan punika dados wawasanipun priyantun Pangrèhpraja.

Dipun sumêrêpakên nanggulangi bêbaya saking gêgana. Awit saking kêparêngipun ingkang wajib, para murid pamulangan ing tanah ngriki sami badhe dipun wulang cara-caraning nanggulangi bêbaya saking gêgana. Ing bab punika Departement Pangajaran miji tuwan Van Leeuwen ngarang buku minangka pitêdah, ingkang salajêngipun dipun êcakakên kangge wulangan wontên ing pamulangan.

Pamulangan luhur Pangadilan. Lulus doctoraal examen perangan III, tuwan Boerhanoedin.

Ngewahi ukuman. Bangsa Batak nama A. tuwin H. ingkang karampungan ukum pêjah jalaran dosa amêjahi tiyang 3, sami kaewahan kaukum kunjara salaminipun gêsang.

Sultan Johor badhe rawuh tanah Jawi. Wontên wartos, panjênênganipun Sultan Johor ingkang sapunika nuju pêpara wontên ing Sumatra, badhe anglajêngakên pêpara dhatêng tanah Jawi tuwin Bali. Ingkang andhèrèkakên Dr. Paglar, dokter karajan tuwin Luitenant Abdul Kadir bin Haji Moh. Said.

--- 635 ---

Klas H.B.S. ing pamulangan Mulo. Kados ingkang sampun nate kawartosakên, Parentah ngawontênakên cobèn-cobèn ing pamulangan Mulo dipun wontênakên klas momoran kangge H.B.S. Ing bab punika sampun kacobi wontên ing Makasar. Manawi pacobèn wau sampun dumugi, lajêng ngawontênakên ing sanès panggenan. Miturut wartos pacobèn ing Makasar wau muridipun namung sakêdhik. Ingkang punika lajêng katêtêpakên bilih tumrap ing Palembang tuwin Padang badhe botên kawontênakên klas ingkang kados makatên.

Nyuwun sêsêbutan R.M., Rr. Ajêng tuwin R. Ayu. Wontên wartos, bilih para darah Karaton Ngayogya graad 5 sami gadhah atur kawrat sêrat konjuk ing Saandhap Sampeyandalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan, lumantar Parentah Kraton, supados para darah Kraton graad 5 sami kaparêngakên nggadhahi sêsêbutan Radèn Mas, Radèn Ajêng tuwin Radèn Ayu.

Bangsa Jêpan badhe damêl palmbeach tuwin gabardine. Tuwan Shigeru Sato, ingkang anggadhahi kabudidayan-kabudidayan tuwin autobus ing laladan Garut, gadhah sêdya badhe ngêdêgakên pabrik agêng adamêl palmbeach tuwin gabardine. Sêdyanipun tuwan Sato ingkang makatên wau kamanah botên badhe angêjori pabrik tênun sanès-sanèsipun, amargi ing tanah ngriki dèrèng wontên pabrik ingkang kados makatên.

Gêgêntosipun Prof. Schepper. Ing salêbêtipun Prof. Mr. J.M.J. Schepper, mahaguru ing Pamulangan luhur Pangadilan ing Bêtawi verlof, wiwit tanggal 23 Augustus ngajêng punika, ingkang anggêntosi Mr. W.F.C. Hattum, ambtenaar ter beschikking tumrap Procureur Generaal, nindakakên tumrap pangajaran babagan Nederlandsch Indisch Strafrecht tuwin criminologie.

Inggah-inggahan saha ingsêr-ingsêran. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi-Wetan, M. Soeprobo ugi nama M. Soeprobo Prawirodimoeljo, asistèn wêdana ngrangkêp padamêlan regentschaps-secretaris klas 2 ing Lamongan, paresidhenan Bojonegoro, dados asistèn wêdana paresidhenan Kediri. Soenari Sastrohadisoerjo, tijd. wd. asistèn wêdana paresidhenan Kediri, dados tijd. wd. asistèn wêdana ngrangkêp padamêlan regentscapssecretaris klas 2 ing Lamongan. M. Soekari, rumiyin tijd. wd. wêdana ing Gendingan kabupatèn Ngawi, paresidhenan Madiun, dados tijd. wd. asistèn wêdana paresidhenan Surabaya. R. Abdoerasid Koesoemodiwirjo tijd. wd. asistèn wêdana paresidhenan Bêsuki, dados tijd. wd. asistèn wêdana paresidhenan Madura, R. Soekantomo Notohardjosoebroto, asistèn wêdana paresidhenan Malang, dados asistèn wêdana paresidhenan Bêsuki. Sarmin Sastrohadikoesoemo, tijd. wd. asistèn wêdana paresidhenan Surabaya, dados tijd. wd. asistèn wêdana paresidhenan Malang. M.M. Soetjoko alias Prawirosoeparto, Aib. nindakakên padamêlan mantri pulisi paresidhenan Malang, dados asistèn wêdana paresidhenan Surabaya.

ASIA

Tandangipun wadya Tiongkok saya waringutên. Wadya Tiongkok ing sisih kidul mêntas adamêl kèrêming kapal torpedo Jêpan tuwin andhawahakên motor mabur tiga dhawah ing lautan Tiongkok sisih kidul. Kajawi punika lajêng tuwuh kêbêsmèn ing kapal pêrang Jêpan sanèsipun, ing salajêngipun kèrêm. Kajawi punika sagêd ngrisak parimatan bènsin tuwin pasimpênan obat mimis. Papan anggêgana Jêpan ing sakidul Makao ugi kenging karisak. Kajawi punika taksih kathah karisakan-karisakan ing babagan wadya lautan Jêpan ingkang dipun têmpuh dening wadya Tiongkok.

AMERIKA

Kawontênanipun têtiyang angguran. Miturut wartos saking Washington, pêpetanganipun têtiyang angguran ing Amerika wontên 5.833.000 ingkang babarpisan botên gadhah padamêlan, 2.000.000 lantaran kasangsaran tuwin 3.200.000 ingkang saperangan botên gadhah padamêlan.

Ngagêngakên wadya lautan. Parentah Amerika Sarekat sampun nayogyani undhang-undhang ngindhaki agênging wadya lautan kanthi waragad 231.000.000 pondsterling, tuwin bab punika supados lajêng dipun tandhatangani dening presiden rumiyin.

AFRIKA

Tanah Ngabêsi dèrèng têntrêm. Miturut wartos kawontênanipun ing tanah Ngabêsi dèrèng têntrêm, tansah wontên kemawon tindak para cidra ingkang tuwuh saking bangsa Ngabêsi. Mêntas wontên upsir Italie 5 tuwin saradhadhu 28 sami dipun têmpuh ing salêbêtipun wulan Juni ngajêng punika.

Kasingkirakên dhatêng Digul. Miturut wartos saking Bogor, kawrat ing Gouvernementsbesluit, wontên golongan Partij Republiek Indonesia cacah 9 sami dipun singkirakên dhatêng Boven-Digul.

NAGARI WALANDI

Pêparingipun Nata Belgie dhatêng Putri Beatrix. Kawartosakên, panjênêngan Nata Belgie amaringi barang dhatêng Putri Beatrix awarni padandosan sarwa êmas ingkang winadhahan ing kothakan sakalangkung adi, mawi rinêngga-rêngga ing pita sulaman Belgie, amujudakên tandha kaluhuran tuwin mawi gambaring wapendalêm Sripaduka Prinses Juliana.

Wangsulan tandha tarimakasih. Sripaduka Prinses Juliana sakalihan Sripaduka Prins Bernhard amahyakakên tarimakasih lumantar pers dhatêng ingkang sami amigatosakên ing kala paargyan pambabtisdalêm Putri Beatrix.

Kaangkat dados Jendral Mayor. Wiwit tanggal 13 Mèi punika kaangkat dados Jendral Mayor, A.A.G. Feuileteau de Bruys, tuwin ugi ing dintên wau, awit saking panyuwunipun piyambak, dipun kèndêli kanthi hurmat, kanthi angsal tarimakasih saking Parentah.

EROPA

Ruslan sade sanjata dhatêng Tiongkok. Wontên wartos bilih parentah Sovyèt Ruslan kala tanggal 9 wulan punika nandhatangani prajanjian kalihan wêwakil Tiongkok ing Moskou, suraosing prajanjian, Ruslan badhe ngintuni sanjata kathahipun 150.000 dhatêng Tiongkok. Ing tanggal 15 sanjata wau sampun kakintunakên. Miturut wartos, rêgining sanjata wau sampun dipun bayar sanalika 200.000 pondsterling, dene kêkantunanipun badhe kabayar wontên ing tanggal 1 Juni tuwin 15 Juni ngajêng punika. Dene gunggung rêginipun sanjata wau botên kacariyosakên.

Kasangsaran ing papan pamêlikan ing Inggris. Miturut wartos, papan pamêlikan arêng sela Markham, ing Duckmanton, Derbyshire, Inggris, wontên kasangsaran jêblosan ing salêbêting papan pamêlikan. Têtiyang ingkang pinanggih sampun tiwas wontên 28, nandhang tatu 39 tuwin 50 sami kêpêndhêm. Tuwuhing jêblosan wau anyarêngi nalika ing papan ngriku dipun tilar ing para jagi ing wanci dalu. Dene sababipun ingkang cêtha dèrèng kasumêrêpan. Salajêngipun miturut wartos ingkang kantun, têtiyang ingkang tiwas wontên 72.

--- 636 ---

Wêwaosan

I. Lêlampahanipun Wasili, anakipun Busli.

76

Enjingipun têtiyang ing Nopgorod anyadhiyakakên inuman bir tuwin anggur ijêm pintên-pintên pêthi kathahipun ingkang kangge angramèni wontênipun pahargyan. Salajêngipun nuntên milih papan jêmbar, kadèkèkan meja pasagi pintên-pintên ingkang sami dipun taplaki pêthak, saha lajêng nyêdhahi sadaya tiyang ing kitha ngriku, supados sami ngêmpal prêlu kaajak nêdha tuwin ngombe sêsarêngan. Ngêmungakên Wasili piyambak ingkang botên tampi sêdhahan. Ingkang makatên punika adamêl nêpsunipun Wasili, awit rumaos bilih piyambakipun dipun sêpèlèkakên dening sadaya tiyang ing saindênging kitha Nopgorod ngriku. Amila kêncêng niyatipun sumêdya malês ukum dhatêng têtiyang ingkang sami adamêl ada-ada ngawontênakên pahargyan wau. Ing wusana Wasili lajêng nêdha pamit dhatêng ibunipun supados kasukanana palilah dhatêng pahargyan ngriku, sanadyan piyambakipun botên angsal ulêm. Nanging ibunipun botên amrayogèkakên, sarta wicantên makatên:

Kowe ambok aja têka, gèr anakku, awit sing padha têka mrono kuwi rak mung wong-wong kang padha diulêmi. Balik kowe rak ora diundang babarpisan. Ingatase kowe ora diulêmi, apa iya ora isin yèn nganti têka ing pahargyan kono.

Nanging Wasili kêncêng niyatipun nêdya anuruti punapa ingkang dipun kajêngakên, amila lajêng namung amangsuli makatên:

Ibu, mugi paringa pangapuntên dhatêng kula, nanging kula mêksa badhe dhatêng ing pahargyan punika. Ibu sampun kuwatos bilih wontên ing ngriku kula nêdya pasulayan, botên pisan-pisan, ibu. Ing ngriku kula badhe linggih ing panggenan ingkang kaprênahakên kangge kula, lan kula badhe nêdha tuwin ngombe punapa kemawon ingkang ing mangke badhe kasukakakên dhatêng kula.

Sasampunipun cariyos makatên wau, Wasili saandhahanipun lajêng tumuntên bidhal. Sadumuginipun ing papan pahargyan, sarêng Wasili nyumêrêpi para pangagênging kitha sampun sami lênggah wontên ing ngriku, sanalika punika piyambakipun lajêng supe dhatêng punapa ingkang sampun kajanjèkakên dhatêng ibunipun. Kanthi nyampluki ngiwa nêngên, Wasili lumêbêt ing papan pahargyan wau, saha lajêng ngupados papan linggih wontên ing nginggil, inggih punika papan ingkang sajatosipun kasadhiyakakên kangge pangagêng. Tindakipun Wasili ingkang makatên wau, adamêl nêpsunipun para têtiyang ingkang sami wontên ing ngriku sadaya, lan salajêngipun nuntên wontên salah satunggal ingkang wicantên makatên:

Sing sapa diulêmi, têkane mrene ditômpa kanthi bungahing ati, nanging sing sapa ora diulêmi, ora patut bangêt saupama milua linggih ing kene.

Mirêng wicantên ingkang makatên wau, Wasili lajêng mênyat saking papan palinggihanipun, nyandhak gêlas agêng isi anggur, saha lajêng ngucap makatên: muga-muga kutha Nopgorod iki bisaa widada salawas-lawase. Sasampunipun Wasili anglairakên ucap-ucapan ingkang makatên wau, lajêng ngombe angguripun namung sapisanan kemawon. Nanging sarêng Wasili sampun kalêbêtan anggur sagêlas agêng wau, rahipun lajêng umob saha tanpa dugi prayogi piyambakipun lajêng ngumbar suwara makatên:

He, wong-wong ing Nopgorod kabèh, ngrêtia, yèn kowe kabèh iku mula padha wong cubluk, wong bodho. Sanadyana kowe arêp tumindak apa bae, ora wurung kutha iki mêksa bakal tiba ing panguwasaku. Wong sanagara iki mêsthi bakal padha ambayar pajêg nyang aku kabèh, para sudagar mônca kang padha among dagang ing kene, mêsthi bakal ngêlungake sêpuluh prêsèn saka bêbathène nyang aku, lan aku, Wasili, kang bakal nguwasani nyang kowe kabèh.

Têmbungipun Wasili ingkang sayêktos kirang dugi prayogi punika, saya adamêl mrêkitikipun sadaya tiyang ingkang sami wontên ing ngriku, ingkang salajêngipun nuntên sami cariyos makatên:

Wasili, kowe kuwi isih bocah, mulane calathumu clêmang-clêmong. Ora bakal yèn nganti bisa kalakon Nopgorod têluk nyang rupamu, kosokbaline: aku kabèh ora rila yèn kowe arêp dêdunung ana ing kutha kene salawase, jalaran saka iku kowe tak wènèhi inah tumêkane sesuk-esuk, kudu wis lunga saka kene. Dene yèn sesuk awan kowe isih katon ana ing kene, kowe bakal tak kêthok gulumu.

Badhe kasambêtan.

--- 81 ---

No. 21, 21 Mèi 1938, Taun III

TAMAN BOCAH

INGKANG NGÊMBANI: BU-MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CENTRUM. RÊGANE SATAUN f 1.50 KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK. LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.

KASÊNÊNGANING BOCAH

Panêmune Yono kapêksa dianggêp bênêr dening gurune.

Wis jamak lumrahe yèn bocah lagi anduwèni kasênêngan, wah, ana ngêndi bae sing dieling-eling utawa sing dikandhakake ya mung kasênêngane iku mau. Kaya sing arêp dakcaritakake, yaiku salah sijining kêponakanku aran Yono.

Anuju sawijining dina ing klas panggonane Yono, pinuju diwulang etung. Ananging ora kabèh murid padha ngrungokake. Bokmanawa sabab ing jaba hawane silir kêpenak, ana kang sêlak kêpengin dolanan ana ing jaba, katimbang karo kon etung. Mêngkono uga si Yono ora nyêmak, ora ngrungokake piwulanging gurune, awit lagi mikir-mikir liya. Dhèwèke kêpengin duwe têrwèlu akèh, jalaran sênêng bangêt nyang kewan mau. Ora mung kêpengin sing putih bae, uga sing irêng lan klawu. Ananging kewan-kewan mau rak ya ana rêgane, mangka dhèwèke ora duwe dhuwit, dadi mung narima ngeling-eling têrwèlu bae, sanajan iku wayahe mikir etung. Pamikire mangkene: "E, bokmanawa, Bu Mar maringi siji, besuk tahunanku, yèn aku nyuwun, lan bokmanawa mbah kakung lan mbah putri uga maringi nyiji-nyiji ... "

Kocapa, gurune wêruh, yèn Yono ora ngrungokake kang diwulangake, ujug-ujug banjur calathu: "Yono, kandhaa barès, kowe lagi mikir apa?"

Yono kagèt, sanalika raine abang, nanging ora pisan-pisan duwe niyat arêp goroh, nuli mangsuli: "Kula sawêg ngèngêt-èngêt têrwèlu, pak Guru."

Murid-murid liyane padha nggêguyu, nanging si Yono ora mêrduli. Awit dhèwèke kandha sanyatane, ora goroh. Karo manèh gurune uga ora ngguyu. Gurune banjur pitakon: "O, saiki coba, apa kowe bisa ngetung, yèn etungane bab têrwèlu."

Bocah-bocah saklas padha surak, ananging si Yono ora mèncêp ora mèsêm, jalaran dhèwèke arêp mêmpêng anggone mikir.

Calathune gurune: "Rungokna, apa kowe ing omah duwe kandhang têrwèlu? Kandhang kang gêdhe?"

Wangsulane Yono karo bungah: "Inggih, pak Guru, kandhang têrwèlu, kula inggih gadhah, wah agêng sangêt pak Guru."

Gurune calathu manèh karo mèsêm: "Bagus. Saiki upamakna aku dina iki mènèhi kowe têrwèlu papat, nanging aku banjur thukul pamikirku mangkene: "Ach, papat ya isih kêsêthithikên la wong kandhange gêdhe ngono." Esuke aku banjur mènèhi kowe têrwèlu lima manèh, kowe banjur duwe têrwèlu pira, Yono, mara kandhanana aku."

Bocah-bocah saklas padha ngacung kabèh, nandhakake yèn bisa kabèh, mung Yono kang isih lagi mikir-mikir.

Gurune calathu: "Ayo kabèh padha mênênga bae, aku ora takon marang kowe kabèh. Sing lagi tak takoni rak si Yono, Yono uga bisa."

Yono manthuk, nuli calathu: "Sêdasa, pak Guru."

Gurune gèdhèg, bocah-bocah liyane ngacung manèh.

Calathune Gurune: "Yono, cuwa, dene kowe mêngkono. Ing kandhangmu rak banjur mung ana têrwèlu sanga, jalaran dhisike aku

--- 82 ---

ndokoki 4, banjur 5, gunggung rak iya sanga ta, No!"

Wangsulane Yono: "Inggih lêrês makatên, pak Guru, namung panjênêngan kêsupèn ngetang têrwèlu gadhahan kula piyambak ingkang sampun wontên ing salêbêting kandhang.

B.M.

TATA CARANE DHEWE-DHEWE

Upama kowe ngalih nyang liya panggonan utawa entuk libur banjur lêlungan nyang kutha liya, mêsthine rak ya pamitan karo gurumu lan kanca-kancamu ta. Dene cara-carane pamitan mau ya awèh tangan (tabikan), salaman utawa mung manthuk bae karo calathu mangkene: "Kêparêng, kêlilan utawa nyuwun pangèstu." Dene yèn karo kanca-kancamu ya mangkene: "Ya wis ya, karia slamêt."

Ananging ing nêgara-nêgara liya tata carane pamitan seje-seje manèh, kayata wong bangsa Turki yèn pamitan sidhakêp banjur manthuk utawa ndhingkluk. Wong Philippina yèn pamitan ngusap raine kancane. Yèn wong Indu seje manèh, niba ing ngarêp sikile kang dipamiti. Wong Burma anggone pamitan mung manthuk bae, prasasat mèh têkan dhêngkul.

Pamitane wong bangsa Jêpang luwih rowa manèh. Yèn wis mbênakake cênelane banjur sing dipamiti calathu mangkene: "Panjênêngan sapunika nilar griya kula ingkang asor punika, nêdya tindakan - ngêrtosa, manawi kula ngaosi sangêt dhatêng panjênêngan."

GAMPANG NING RÊKASA

Sêdulur-sêdulurku kabèh, coba yèn dina Ngahad utawa dina liburan, mlaku-mlakua ana dalan gêdhe, ning turut pinggir bae. Banjur nontona wong sing padha liwat pating sliri.

Ing kono wis ana pranatan lan dalane dhewe-dhewe ya kuwi kanggo uwong ing pinggir (trottoir) lan kanggo tungganan mêsthine ing têngah. Tamatna sing têmênan, mêngko rak ana wong sing milih mlaku ing dalan gêdhe utawa dalan motor sing dudu bênêre.

Rêkasane apa ta mlaku ing pinggir, mlaku kok nêngah-nêngah apa karêbèn disrèmpèt prag?

Wis kêrêp bae ana kasangsaran, kang jalaran saka mlaku dudu mêsthine.

Ing Surakarta mêntas ana pulisi padu karo bangsa Tionghwa ya prakara kuwi mau, dikon mlaku ing trottoir mbangkang. Jarene milih dalan aspalan sing alus gasik kabèh lan isis.

AMA KRAMBIL.

[Grafik]

Sêdulur-sêdulurku! mara dêlêngên, iki rupane ama krambil kang mêdèni dhewe; dudu kêwawung, sanyatane "Bruwang". Ing tanah Indragiri akèh bangêt kêbon krambil kang dirusak dening si bruwang iku. Coba dêlêngên gambar iki, wah! Mêdèni bangêt, kukune sing kuwat kuwi, ya!

Gambar iki golonganing Militair kang nulungi wong-wong tani lan bisa nyêkêl ama krambil mau.

Joesatno, Rengat.

BAB TÊMBUNG JÊMPOL LAN KAMPIYUN

Wus sawatara taun suwene akèh kanca-kanca kang sok nganggo pocapan padinan, têmbung jêmpol. Mirid saka surasane ukara kang diucapake, wêrdine têmbung jêmpol mau = pinunjul utawa bêcik bangêt.

Mungguh saka panêmuku, jalaran anjrahe têmbung jêmpol mau lagi bae durung pati suwe, bibit sakawite têmbung jêmpol mau diucapake dening kanca-kanca kang padha mangêrti têmbung Walanda, mirid

--- 83 ---

saka bêbasan têmbung Walanda "Iets op zijn duim weten of kennen."

Ing bêbasan kono têgêse têmbung jêmpol iku: pana, paham utawa apal. Dadi saêdêg-saênyêt utawa sanalika bisa narbukani bab kang angèl utawa samar.

Têmbung kampiyun, uga sok kanggo pocapan padinan, sarta surasane uga gêbug karo pênthung bae, karo têmbung jêmpol kang kapratelakake ing dhuwur.

Mungguh sanyatane têgêse têmbung Walanda kampiyun iku 1 wong kang kêndêl pêrang; 2 wêwakil pêrang; 3 kang nanggulangi panêmpuhing mungsuh; 4 wong kang sabên-sabên têtandhingan (bangsane ulah raga) tansah mênang bae.

Soetana, Dalapa.

WONG LORO PADHA BODHONE

Dhèk jaman biyèn dalan saka Bobotsari, regentschap Purbolinggo mênyang Randhudhongkal, Regentschap Pêmalang, isih awujud alas grêng, durung kêna diambah motor, dokar, kaya ing saiki. Mulane ora anèh, ing sauruting dalan ana gêrdhu pajagan, awit ing wêktu samono isih rusuh, durung têntrêm kaya saiki.

Kocapa gêrdhu ing Kêdhung Gêsing, desa Tlahab Lor, ing sawijining bêngi dijaga ing wong aran pak Sabud. Wong mau bodhone bangêt, ananging kumintêre ora jamak, sapolah-tingkahe karêpe ora gêlêm kalah karo sapadha-padhane. Ing nalika kancane pak Sabud durung padha têka, kira-kira wayah jam 8 bêngi, ana wong liwat, wong mau aran ki Sura, asli saka desa Sumampir bawah onderdhistrict Rêmbang, wong mau lungane saka ngomah nêdya mênyang Têgal, sêdyane mung arêp golèk pangupajiwa, ki Sura mau wonge uga bodho bangêt, nanging atine rada wani (tatag).

Barêng têkan sangarêping gêrdhu panjagane pak Sabud, banjur di harda:

Pak Sabud : "Harda" (Hurdah).

Ki Sura : "Rim" (Prin).

Pak Sabud : "Kanca ngendi?"

Ki Sura : "Kula tiyang Sumampir."

Pak Sabud : "Sapa jênêngmu?"

Ki Sura : "Kula Sura."

Pak Sabud : "Arêp lunga mênyang ngêndi?"

Ki Sura : "Ajêng pados padamêlan têng Têgal."

Pak Sabud : "Nggawa katrangan apa ora?"

Dhêg! Ki Sura tangane nggagapi ing kanthongane, karo mangsuli: "Mbêk ... t... a... a".

Mulane wangsulane glagêpan awit sanyatane ora nggawa.

Pak Sabud : "Mara ndêlêng."

Ki Sura ndudut dluwang saka kanthongane: Srèpèt, kang sanyatane dudu layang katrangan, nanging layang gadhèn kang wis kalelang. Calathune: "Mangga niki sêrate katrangan." Layang ditampani, banjur didêlêng ana ing soroting ting kang ora sapira padhange. Layang diwaca, nanging pamacane ora ndêlêng aksara, ndêlêng wujude ki Sura. Pamacane sora, têmbunge: "Wong aran Sura."

Ki Sura : "Inggih."

Pak Sabud : "Asli saka desa Sumampir."

Ki Sura : "Inggih."

Pak Sabud : "Wonge irêng nggênthilêng" (karo ndêlêng ki Sura).

Ki Sura : "Inggih lêrês."

Pak Sabud : "Matane mêcicil."

Ki Sura : "Inggih"

Pak Sabud : "Brêngose kaya brêngos tikus."

Ki Sura : "Inggih ragi mèmpêr."

Pak Sabud : "Wêtênge mblêndhuk."

Ki Sura : "Inggih lêrês."

Pak Sabud : Yèn mlaku jumbal-jumbul kaya wong sikile bubulên."

Ki Sura : "Inggih lêrês mila kula bubulên."

Pak Sabud : "Sikile loro pisan bubulên."

Ki Sura : "Ah botên, namung satunggil."

Pak Sabud : "Ya luput iki katrangane, kok disêbutake bubulên karone."

Ki Sura : "Inggih dipun ewahi mawon."

Pak Sabud : "Ya wus ora dadi apa, saiki kêna mbanjurake lakumu."

Pak Sabud bungah bangêt, dene nganggrak wong, sing dianggrak pijêr nurut bae, ngira yèn Sura iku wong bodho bangêt.

Ki Sura bungahe ora kira-kira, dene bisa ngapusi jaga gêrdhu, sarana layang gadhèn, dikandhakake layang katrangan lan duwe gagasan sing jaga gêrdhu iku wong busuk bangêt.

Sri Moeliati M.Hoed, Gadhingan S.S. Jatibarang

DONGÈNGE SI CUBLUK

Ana wong wadon aran si Cubluk. Si Cubluk mau rada sêtêngah owah. Ing wayah esuk si Cubluk mênyang têgalan arêp nyolong teronge tanggane. Ing kono konangan karo manuk clêpuk, mulane banjur diêlokake, unine: "Cubluk, pluk, pluk, pluk. Si Cubluk nêpsu bangêt, manuk clêpuk mau banjur dibalang nganggo watu, supaya mênêng, nanging olèhe nyawat ora ngawasake mangisor, mula sikile kêsandhung ing tunggak. Cubluk tiba kêrungkêb, tangane kêtêkuk. Manuk prêkutut

--- 84 ---

wêruh banjur ngisin-isin saka wit dhadhap, unine: "Hore kêtêkuk, têkuk, hore kêtêkuk têkuk. Si Cubluk ngrungu unine mangkono iku banjur salin mungsuh, sing dibalang prêkutut. Gêmak saka kadohan milu-milu, unine: "Put, put, put, put, put."

Pêrkutut ditinggal, salin ngunèk-unèkake marang manuk gêmak. Gêmak durung nganti kêna disawat manuk kêtilang opyak, unine: "Thèkku ilang, thèkku ilang, thèkku ilang". Si Cubluk mandhêg karo mangsuli: "Hus, ya êmbuh, wong aku ora sida apèk terong, kok.

Wêkasane si Cubluk mulih nglênthung karo grundêlan, calathune: "Padha dahwèn têmên, ana wong ora sida amèk terong bae, têka dipoyoki."

Tjaroem, Karangturi, Indramayu.

PANGASAH PIKIR

Manêngên (Horizontaal).

[Grafik]

1. Wayah kira jam lima esuk | 2. Kramane wong | 3. Pêgaweane guru | 4. Kosokbaline wuwuh | 5. Kutha ing pulo Timur | 6. Kosokbaline kasar | 7. Kutha ing pulo Lombok | 8. Wong kang ora bisa gunêman | 9. Cara Mlayune pêdhot | 10. Piranti kanggo mbolongi kayu | 11. Têmbung liyane adigung | 12. Kutha ing Jawa Wetan

Mangisor (Verticaal)

13. Sawijining kantor kang misuwur ing Bêtawi.

Soewondo, Mr. C.

MANGSULI LAYANG

Titi Soepratignjo, Banyumas. Cangkrimanmu pancène iya apik, nanging kêgampangan, mula ora bisa kêpêcak. Wis lumrahe yèn lagi nêmbe sinau, ora mêsthi kêbênêran. Nanging kowe kuwi ayake bocah tlatèn, dadi yèn sapisan durung kêbênêran, iya isih ayake kaping pindho, kaping têlu, rak iya ta?

Bu Mar uga milu mujèkake kowe bisaa munggah nyang klas papat.

Soeparjah c/o 's Landspandhuis, Karanganom, Klathèn. Aku wis tampa layangmu lan potrèt, bangêt bungahku.

Amy, Klathèn. Sarèhne aku tansah ribêd pagawean, durung bisa mangsuli layangmu kanthi postblad utawa briefkaart. Aku mung arêp kandha marang kowe, ora bisa nuruti apa panjalukmu. Dene sababe besuk liya dina bae takkandhani.

Handijah, Alasmalang. Lêluconmu kurang apik. Yèn kowe arêp ngirimi dongèng manuk gagak, dêrkuku lan sêrak, iya kêna, ndang kirimna, mêngko yèn apik sarta ora kaprah, dakpacak.

Soelastri, Alasmalang. Karanganmu isih kurang apik, nanging aja cilik atimu, coba gawea karangan manèh sing luwih apik.

Trima, Gêdhangan. Karanganmu ora bisa kêpacak, muga aja pisan dadi atimu.

As, Mênggungan, Surakarta. Wah cowa bangêt dene Bu Mar ora bisa nyang Surakarta pêrlu ndêlok Sêkatèn. Upama mênyanga mêsthi mampir nyang omahmu. Nalikane Sêkatèn Bu Mar pinaringan lara pilêg, mangka bangêt, ing sarèhne lagi mangsane influenza mula banjur dakati-ati bangêt, ora kêna angin-anginan. Sajrone rong minggu babar pisan ora tau mêtu saka ngomah.

Kapriye As, apa ya rame. Mara ibumu critanana apa sing kokwêruhi.

Asteria, Blitar. Wah dadi kowe arêp ngalih nyang Paramaribo, la kok adoh têmên. Apa iya kowe isih arêp ngèlingi Bu Mar lan T.B. Takkira yèn kowe wis têkan kana, banjur êmoh kirim layang babar pisan nyang Bu Mar. Yèn kowe arêp têpung karo sêdulur-sêdulur ing Blitar ndêloka ing Kêjawèn lawas rak ana adrèse, banjur golèkana dhewe, rak mêsthi kêtêmune. Sapira ta gêdhene kutha Blitar.

Handojo, Paninggaran. Layangmu wis daktampa, dadi kowe saiki luwih sênêng, barêng T.B. diowahi kaya saiki kiyi. Tulisane gampang diwaca lan dongèngane cêkak-cêkak ora dadak ngêntèni candhake, rak ngono ta.

Boentarta, Sêmarang. Karanganmu ora bisa kapacak. Bab saparo isi mbocahi, sing sêparo isi ndiwasani, kuwi rak ya karêpmu, dene karêpku seje. Dene yèn kowe arêp nganggo karêpmu dhewe, iya mangsa bodhoa. Ora pêrlu aku ngaturi uninga bab salining salaga.

Parikessitty, Blitar. Sukur yèn kowe nggatèkake marang critane Bu Mar, malah banjur gêtun marang kêlakuanmu sing uwis-uwis, muga-muga ya sabanjure marènana.

Asripiningsih, Tuban. Pitêpunganmu wis daktampa, kêtrima bangêt. Nanging lêlucon isih kurang apik.

Soertijah, Gunungwungkal. Batanganmu cangkriman wis daktampa, bênêr kabèh. Dadi kowe lagi saiki ngandêl têmênan, yèn Bu Mar iki ana têmênan. Lha kok anèh, wis dikandhani wiwit biyèn kok ora nggugu. Saiki wis ora pêrlu isin-isin nyritakna apa bae nyang Bu Mar.

Soedarmani lan Artinah ing Paree. Bangêt panrimaku kowe padha mêrlokake anêpungake marang Bu Mar lan sukur dene arêp milu urun-urun ngisèni T.B.

Soedarmani, aja pisan dadi atimu, karanganmu ora bisa kapacak, kurang apik, coba gawea liya manèh sing luwih apik.

Layang liya-liyane bakal dakwangsuli Sêtu ngarêp.

Bu Mar

--- [637] ---

Ôngka 42, Rê Kli, 25 Mulud, Jimawal 1869, 25 Mèi 1938, Taun XIII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: - Pasisir Sagantên - Konggrès B.B. Bôngsa Eropah - Paboyongan ing Pêngaron, Borneo Sisih Kidul ingkang Wiwitan - Utaminipun Lare Èstri Nyambutdamêl - Kawontênan Sajawining Praja - Cangkriman Volksalmanak - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.

Pasisir Sagantên

[Grafik]

Ngêwrat malih gambar sêsawangan pasisir sagantên ing laladan Bantên.

--- 638 ---

Konggrès B.B. Bôngsa Eropah

Konggrès B.B. ingkang kawontênakên ing taun punika sampun kabikak. Kala malêm Rêbo tanggal 18 Mèi punika para ingkang anjênêngi konggrès sami pêpanggihan wontên ing Concordia Bêtawi. Pursitêr Mr.H. Fievez de Malines van Ginkel, residhèn Batawi, sèkrêtaris tuwan R.A.H. Baisel von Ginnich, komisaris tumrap tanah Jawi Tuwan-tuwan H.A. Lochem, residhèn t/b, E. Tacoma, Asistèn Residhèn Sukabumi, T. van Mourik, Asistèn Residhèn Blitar tuwin Dr. D.J. van Beusekom, kontrolir dhepartêmèn B.B. Komisaris tumrap Tanah Sabrang Tuwan-tuwan S.L. Waardenberg, Asistèn residhèn dhepartêmèn B.B. apdhèling Tanah Sabrang, Dr. D.J.P. Oranje, Asistèn Residhèn Pandhegêlang. K.H. de Boer, kontrolir dhepartêmèn B.B. apdhèling Tanah Sabrang. Dr. J.J.v.d. Velde, amtênar algêmènê sèkrêtari. Ing pêpanggihan punika kathah wêdhar sabda pambagya wilujêng, kados ta saking pisê presidhèn rad Indhiya, warganing rad Indhiya, para dhirèktur dhepartêmèn, tuwin sanès-sanèsipun. Pêpanggihan wau ngantos têngah dalu.

Ing dintênipun Rêbo kawiwitan konggrès, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana sakalihan anjumênêngi. Pursitêr sasampuning ngaturakên pambagyarpambagyarja. dhumatêng Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana sakalihan tuwin sanès-sanèsipun, lajêng nyorahakên ing bab adêging konggrès kapisan, ing wulan Pèbruari 1922, dipun pangarsani Tuwan Meyer Ranneft, amigatosakên rêmbag ing bab babagan padamêlan pangrèh praja gêgayutanipun kalihan kawontênan ing kala punika. Konggrès ingkang kaping kalih wontên ing taun 1929 manggèn ing Ngayogya, ngrêmbag ing bab pangrèh praja. Ing wusana lajêng konggrès ing taun punika, kawigatosaning rêmbag ing bab ruwêt-rêntêng ing kalangan pangrèh praja, ingkang araos andandosi.

Ing salajêngipun sambêt wêdhar sabdanipun gupêrnur Jawi Têngah Tuwan Bertsch ing bab pathining kuwajibanipun pangrèh praja. Mênggah cêkakaning wêdhar sabda, mêdharakên ing bab ewah-ewahaning tatanan tuwin tumindaking damêl pangrèh praja ingkang gêgayutan kalihan kawontênan, wusana lajêng nuwuhakên pêpisahaning paprentahan tumrap golongan Walandi piyambak, golongan tiyang siti piyambak, saha kawontênakên tatanan ingkang mathis tumrap satunggil-satunggiling kuwajiban. Kajêmbaraning tindak wau sêsarêngan kalihan tumindaking damêl rad kawula, propènsi tuwin rêgènsêkap. Dene pinanggihing tumindaking sadaya wau sami sumêrêp-sinumêrêpan, ingkang salugunipun araos tumindak ing damêl sêsarêngan.

Rêmbag-rêmbag ingkang wigatos sanès-sanèsipun:

Tumraping babagan paboyongan ing Lampung miturut katrangan saking rêgèrêng komisaris ing Sumatra Tuwan A. Spits, mratelakakên, bilih pinanggihipun sakalangkung marêmakên, ing pangajêng-ajêng tumraping papan paboyongan sanès-sanèsipun ugi sagêda makatên. Nanging ing sapunikanipun sanadyan ing sajawinipun tanah Jawi

--- [639] ---

Konggrès B.B. Bôngsa Eropah ing Batawi

[Grafik]

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana sakalihan tuwin para agêng golongan warni-warni ingkang anjênêngi nalika pambikaking konggrès. Ingkang mêdhar sabda Mr.H. Fievez de Malines van Ginkel. Ing bundêran gupêrnur Bertsch.

--- 640 ---

ugi katingal titikipun kêkathahên jiwa, manawi nyata kêlampahan makatên, punapa botên dados panggalihan.

Gupêrnur Jawi Wetan, Tuwan Van der Plas, mêdhar sabda supados para tiyang boyongan sami dipun paringi pasitèn ingkang nyêkapi, awit ing ngriku lajêng badhe nuwuhakên dêrêng dagang. Tumrap ilèn-ilèn sampun namung ngêmungakên kangge ngoncori pasabinan, uhiugi. angoncorana tanêman-tanêman ingkang dipun dagang.

Tuwan Hooikaas mratelakakên bilih paboyongan ing Bêngkulên wontên èwêd-pakèwêdipun sawatawis. Inggih punika tumrap ingkang alit, botên sapintêna pangajêng-ajêngipun. Beda kalihan ingkang agêng, pinanggih saya langkung prayogi, malah sagêd angêbèri dhatêng têtiyang ingkang sanès golongan tani.

Tuwan De Stoppelaar mitakèkakên ing bab kawontênanipun papan paboyongan dhatêng babagan wêdaling wulu pamêdal dhatêng sanès panggenan, pulitik tuwin babagan pangadilan.

Bab babagan paboyongan wau dipun sukani katrangan, bilih paboyongan ingkang agêng pancèn langkung mikantuki, tinimbang ingkang alit. Bab pamêdal badhe pinanggih sae lampahipun. Dene bab tataning pangadilan, sapriki dèrèng wontên èwêd-pakèwêdipun.

Ing salajêngipun kawontênakên pêpanggihan tutupan, kangge ngawontênakên panimbang.

Ing dintên Kêmis sontên kawontênakên pêpanggihan ing gupêrnuran.

[Iklan]

--- 641 ---

Paboyongan Ing Pêngaron, Borneo Sisih Kidul Ingkang Wiwitan

Sambêtipun Kajawèn nojêrnomêr. 41

Jam 2 kula bidhal numpak oto kalihan panjênênganipun asistèn kyai dhatêng panggenen siti paboyongan, têbihipun saking dhusun Mêngkauk watawis 3½ km, marginipun enggal malah dèrèng rampung, nanging sampun sagêd kaambah ing oto. Sêsawangan kanan-keringipun margi enggal katingal asri, awit sitinipun parêdèn alit-alit, ing èrèng-èrèngipun rêdi sampun kathah pakêbonan lan pantun gaga. Saking pangandikanipun asistèn kyai, ingkang damêl pakêbonan lan nanêm pantun gaga wau sadaya tiyang Jawi, malah wontên ingkang sampun 20 taunan manggèn ing ngriku, ing sawaunipun tiyang-tiyang punika kontrak ing kabudidayan karèt Dhano Salak. Sarêng sampun têlas kontrakipun, lajêng sami nyuwun siti dhatêng nagari badhe katanêman. Ing wusana sarêng sampun pikantuk lajêng sami manggèn ing ngriku, katingalipun tiyang-tiyang wau sampun kraos manggèn ing ngriku wau. Kirang langkung 1½ km marginipun wiwit minggah, oto botên sagêd têrus awit marginipun lunyu, jalaran wêdal samantên jawah. Kula lan panjênênganipun asistèn kyai lajêng lumampah dharat.

[Iklan]

Wiwit saking ing ngriku marginipun menggak-menggok, sarêng dumugi parêdèn ingkang inggil piyambak lajêng kèndêl awit kalêrês jawah dêrês. Sarêng sampun têrang, kula sami nglajêngakên lampah, marginipun wiwit mandhap, nalika wontên pucaking rêdi sêsawanganipun langkung asri sangêt, dhusun Mêngkauk sarta lèpènipun sagêd katingal saking ngriku. Pasitèn ing ngriku punika awis sangêt têtuwuhanipun kajêng. Mèh sadaya kambêngan, dados hawanipun bêntèr, têbih dhatêng sêsakit malariah. Manawi enjing hawanipun asrêp, jam 3 kula sami dumugi ing panggenan siti paboyongan. Ing ngriku sampun kathah griya-griya los panjang wontên 17 iji. Los satunggal-tunggalipun kasinggêt dados 6 kamar. Payon lan pagêripun kajang, mawi jarambah dêling sadaya, los wau panggung. Saking pangandikanipun asistèn kyai, ing ngriku badhe kadhatêngan têtiyang boyongan saking kabupatèn: Bangkalan, Sumênêp tuwin Pamêkasan (Madura)

--- 642 ---

cacah 100 semah. Los-los wau namung kangge sawatawis dintên, wondene panggarapipun kadamêl santosa. Sanajan los wau namung kangkekangge. sawatawis dintên, saking kamirahanipun asistèn kyai sarta tuwan kontrolir ingkang botên ngrumaosi sayah mèh sabên dintên rawuh ing ngriku prêlu nênggani yasanipun los. Dados katingal kêkah tuwin rapêt.

Dene ingkang badhe mangagêngi têtiyang boyongan wau satunggiling asistèn wadana ugi saking Jawi. Sasampunipun rampung anggèn kula ningali siti paboyongan, jam 4 kula sami mantuk dhatêng kampung Mêngkauk. Kajawi padamêlan wau saking dhawuhipun tuwan kontrolir Martapura, kula kadhawuhan ngukur watêrpas margi. Awit taksih kathah ingkang inggil, lampahing oto ragi rêkaos. Ing bab punika margi wau kula anggêp sae lan rancag panggarapipun, jalaran saking tansah dipun tênggani ing pangagêng. Panjanging margi 3½ km, urut rêdi, môngka kathah dhudhukan sarta urugan. Salêbêtipun 20 dintên sampun sagêd kaambah ing oto. Sabên dintênipun prah oto ingkang ambêktani kajêng sarta prabètprabot. badhe griya saking Pêngaron dhatêng mriku kaping 4.

Jam 5 kula nêmbe dumugi ing kampung Mêngkauk, lajêng ngaso. Kampung Mêngkauk punika manggèn ing sapinggiring lèpèn Mêngkauk, simpanganipun lèpèn Riyam Kiwa. Nama-namaning dhusun ing bawah Pêngaron sadaya ngangge namaning lèpèn.

Badhe kasambêtan

Ki Citrakusuma

Kêrtak Baruwèh 60, Banjarmasin

[Iklan]

--- 643 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Utaminipun lare èstri nyambutdamêl

III.

Garèng : Ora, Truk, kowe kuwi têka anèh-anèh mêngkono. Wong ngalap wanita nyambutgawe kathik kok unèkake: ngalap wanita larang. Kuwi karêpmu kêpriye.

Petruk : Lho, kuwi mangkene, Kang Garèng. Lumrahe wanita sing padha nyambutgawe kantoran kuwi, mêtu sakolah banjur têrus: blêng nyambutgawe. Nalika sakolahe sing akèh-akèh rak mung ngêmên-ngêmênake anggone sinau pangajarane sakolah bae, kanggo ngudi pagawean ngomah têmtune iya ora kobêr babarpisan. Wusanane durung nganti kobêr thak-thik nyambutgawe nyang ngomah, banjur nyambutgawe nyang kantor. Saiki dadi: dèn klèrêk, kondur saka kantor sauwise dhahar mêsthine banjur sare, wungu sare banjur sêporêt: tènis, bèdminton, nganti jam wolu bêngi, dadi iya ora kobêr mikir pagawean ngomah manèh. Sabanjure ujug-ujug nuli laki. Gèk kapan bae le sinau nyêkêl bale omah, apa iya ora kalakon nunak-nunuk têmênan. Mara, apa ora banjur têtêp aran wanita kang akèh waragade, sabab arêp apa-apa ora bisa, sabanjure arêp tandang gawe ika-iki, iya kudu ana sing ambantu, arêp rêsik-rêsik, iya banjur: ba-bu. Arêp olah-olah: ko-ki. Dalasan arêp motongi bae, iya mrêlokake ngêrêm grêji utawa tukang mênjait. Mara, apa ora akèh iki waragade. Yèn balanjane akèh mono iya ora dadi ngapa, balik balanjane isih saupit ...

Garèng : Iki kowe kaliru, Truk, awit kowe ora ngelingi kaanane jaman modhèrên. Hla, kiyi bêcike alakirabi nganggo pawitan: cintah samah cintah. Ing sarèhne wis dhêmên padha dhêmên, anggêre bisa nyandhing bae, atine rak wis marêm bangêt, lan lumrahe wong sing kaya ngono kuwi, siji lan sijine mêsthi gêdhe ngapurane, ing kono prakara blônja akèh utawa sêthithik, ora mèlu apa-apa, Truk, lawuhe olah-olahan, anggêre dibumboni èsême sing wadon bae, anggone mangan sing lanang wis nikmat bangêt. Kajaba iku wong wis ana pawitane: cintah, sing wadon mêsthine iya ngudi kang dadi kasênêngane wong lanang, sanadyan wiwite panyêkêle bale omah kidhung, jalaran kagawa saka dhêmêne nyang sing lanang mau, suwe-suwe mêsthi bêcik, Truk. Seje, yèn ditimbang

--- 644 ---

karo alakirabi cara kuna, wong iya ora ana pawitane apa-apa, wong lanang diladèni sing wadon kurang kabênêran sathithik, iya mêsthi banjur mabuk-mabuk.

Petruk : Yèn bocahe wadon kuwi pancèn prayitna lan ngati-ati, iya bokmanawa bisa kalakon kaya kandhamu kuwi, mung bae bocah wadon sing pangajaran kuwi umume sok: kêmlênyis, Kang Garèng, rumasane apa-apa wis pintêr, ing sarèhne rumasane apa-apa wis pintêr, iya banjur isin arêp nyinau ika-iki, wusanane tumindake iya sok banjur tlusar-tlusur. Tak dongèngi, ya Kang Garèng, rungokna. Dhèk biyèn ana mantri pulisi, nanging mung wêton pamulangan: H-I-S, kêpengin rabi bocah wadon kang pangajaran. Sauwise: milang-miling golèk tandhing sing lêncir kuning ...

[Grafik]

Garèng : Wayah, ambok aja dibanjur-banjurake mêngkono. Kowe kuwi arêp carita, apa arêp gundhing-gundhingan.

Petruk : Lho, aku kiyi arêp nyaritakake wong kang arêp rabi karo bocah pangajaran, dadi tindake iya kudu cara modhèrên, luwih dhisik mêsthine wong lanang mau milang-miling golèk tandhing, yèn wis olèh, banjur ditandhing, kana-kene wis padha: cocog samah cocog, utawa: cintah samah cintah, apa durung, yèn uwis, lagi dhaup. Kabênêran mantri pulisi mau olèh jodho wêton Milo, Kang Garèng. Wiwitane, iya kaya kandhamu mau, anggêre bisa sandhing bae iya wis marêm. Nanging wong sing wadon wêton Milo, kathik sing lanang mung saka H-I-S bae, mulane sing wadon iya banjur rumasa: wis pintêr bangêt, sabanjure iya nuli isin sinau apa-apa. Sawijining dina sing lanang kêpengin diolah-olahake: pêcêl ayam. Sing wadon iya banjur tumandang gawe, nanging ing sarèhne wis rumasa pintêr, isin takon nyang sapa-sapa, sarta banjur mung ditandangi dhewe bae, dadine barêng matêng yaiku: ayam gorèng dibumboni pêcêl.

Garèng : Wayah, le ora mèmpêr mêngkono. Ewasamono kowe rak iya ngakoni, ta, yèn alakirabi lanang wadon wis pawitan: cintah samah cintah, kuwi apik, buktine kowe ngomongake: yèn bocahe wadon pancèn prayitna ngati-ati, suwe-suwe iya bisa bêcik. Rak seje karo alakirabi cara kuna, sing ora duwe pawitan apa-apa, rak gampang gèsèh ing panêmu, kang wusanane uripe mêsthi: ci-la-ka.

Petruk : Sanadyan alakirabi cara kuna

--- 645 ---

pisan, pangantèn lanang lan wadon sadurung-durunge ora têpung, malah durung tau sumurup, iya ora kêna dipêsthèkake yèn uripe ing têmbe burine bakal susah. Luwih manèh yèn isih miturut pranatan cara kuna dêlês. Awit iki mangkene: Cara kuna dêlês kuwi bocah wadon tansah dipingit, ora tau sêsrawungan, malah ora tau wêruh nyang wong lanang liyane, kajaba bapakne dhewe, sing mêsthine wis tuwa kathik kêmpong perot. Ing wusana barêng dilakèkake, banjur sêsrawungan karo wong lanang kang luwih nom tinimbang bapakne. Ing sarèhne sabên dina kulina nyang rupane bapakne sing wis tuwa lan ala mau, kok banjur sêsrawungan karo wong lanang, sing luwih nom lan luwih bagus, têmtune banjur tuwuh atine: dhêmên, hla iki sing banjur kanggo pawitan urip sabanjure. Saya suwe sêsrawungane karo sing lanang, saya mundhak-mundhak dhêmêne sing wadon, nganti têkan ing pantoge, hla, wiwit kuwi dhêmêne mau banjur wiwit suda. Upama pantoging dhêmên mau têkan sêpuluh, dhêmêne suwe-suwe banjur suda siji, nanging sing siji iki kanggo tuku: trêsna, mulane wiwitane dhêmêne: sanga, trêsnane: siji, sabanjure dhêmêne dilongi siji manèh, kanggo tuku trêsna siji manèh, dadi dhêmêne kèri wolu, nanging trêsnane dadi loro, mêngkono satêruse, nganti dhêmêne mau êntèk babarpisan, kanggo tuku trêsna sapuluh, karêpe: dhêmêne wis ilang, nanging saiki sing melok: trêsnane, Kang Garèng, dene yèn mas trêsna wis manjing têmênan ana ing ati mêsthine bojo sing kaya ngono kuwi, iya disêntak eman, disepak eman, didhupak eman, wah, sabanjure bojone iya diiwit-iwit bangêt, Kang Garèng.

Garèng : Wayah, ambok dieman-eman mêngkono, kathik diiwit-iwit, kaya simpênan panêkuk. Ora Truk, kowe andongèng ngalur-alur mêngkono kuwi mau, apa karêpmu arêp ngandhakake, yèn alakirabi cara kuna kuwi luwih bêcik katimbang cara modhèrên kiyi apa.

Petruk : Ora babarpisan, Kang Garèng, alakirabi cara modhèrên kuwi, sadurunge wis nganggo diancang-ancangi dhisik, yaiku sadurunge wis disaranani: cintah samah cintah, têmtune kadadeane iya bêcik, nanging iya ora kêna yèn banjur dipêsthèkake: mêsthi bêcike. Kosokbaline alakirabi cara kuna, kang ora pawitan cintah babarpisan, malah siji lan sijine sing akèh durung tau wêruh, iya ora kêna yèn banjur dipêsthèkake: kadadeane mêsthi èlèk. Buktine: si rama karo si biyung anggone alakirabi tumêkane saiki wis limang puluhan taun, ing môngka sadurung-durunge, rama lan biyung, aja manèh têpung, wêruh bae malah durung, ewasamono tumêkane saiki, durung tau pêgatan sapisan-pisana, malah katone bêcik ajêgan, kosokbaline ana lanang wadon, loro-lorone padha pangajaran, anggone alakirabi padha pawitan cintah samah cintah, ewadene pungkasane: slamêt jalan. Mulane prakara alakirabi aja karêmbug dawa-dawa, prakara gawat, iki Kang Garèng.

--- 646 ---

Kawontênan Sajawining Praja

Bangsa Jêpan ing Hsuchow

Tuwuhing paprangan ing Tiongkok sampun dangu, asor-unggulipun tansah gêgêntosan, ingajêng ingkang pinanggih unggul wontên ing golongan Jêpang, ingkang nuwuhakên pamawas bilih tumraping têtandhingan, Tiongkok dipun wastani kawon tandang tuwin kawon dêdamêl. Nanging dangu-dangu lajêng pinanggih malik, sampun sawatawis minggu, ingkang pinanggih unggul wontên ing golongan Tiongkok, ingriku ugi lajêng nuwuhakên pamawas bilih ing sapunika golongan Tiongkok sampun majêng punapa-punapanipun. Pamawas ingkang makatên wau saèstunipun dèrèng kenging kangge pathokan ingkang maton, awit salugunipun tumraping paprangan punika tiyang dèrèng sagêd nêtêpakên sintên ingkang pinanggih ing unggul, amargi sadaya wau nama taksih wontên salêbêting lêlampahan.

[Grafik]

Parêpatanipun warga Wolkenbond ingkang nuju ngrêmbag karampunganing prakawis Ethiopia, Spanyol lan Tiongkok.

Ingajêng sampun nate kawartosakên, bilih wadya Jêpan ingkang campuh wontên ing sisih Kidul tuwin ingkang wontên ing sisih Lèr sami sêsarêngan lumampah ngênêr dhatêng kitha Hsuchow. Ing wêkdal punika tumraping golongan Jêpan ngrumaosi sawêg kêtaman ing pamanahan ingkang langkung wigatos, kadosta ing bab kawontênanipun ing Jêpang pinanggih saya nyamarakên, kawontênaning wadya ing paprangan tansah kinêpang ing mêngsah. Ingkang kados makatên wau sakalangkung adamêl sêkêling golongan Jêpan. Mila pêrlu sangêt sampun ngantos angalitakên manahing golonganipun piyambak. Dene kêkêncênganipun kêdah lumampah dhatêng Hsuchow saha kitha ingriku kêdah dipun rêbat.

Ing salajêngipun kêlampahan wadya Jêpan sagêd ngangsêg ingkang sakalangkung damêl kasamranaipunkasamaranipun. Tiongkok, nanging bab punika tumrap ing golongan Tiongkok rumaos botên adamêl sabab punapa-punapa, wadya ingkang anjagi kasantosanipun kitha ngriku botên ewah kasantosanipun. Tuwin malih tumraping wadya Tiongkok, punika botên niyat badhe kados angganing sulung alêbu gêni, rêrigêning senapati paprangan Ciang Kai Syek botên kenging ginrayang ing sanès.

Kala ing wulan Juli taun kêpêngkêr ing Peiping dipun broki ing wadya Jêpan, kawigatosanipun Jêpan melikakên dhatêng margi sêpur Peiping-Hankow. Sayêktosipun pangangkah ingkang kados makatên punika botên gampil, nanging tumraping Jêpan lajêng gadhah rekadaya ngangkah laladan Syansi rumiyin, dene lampahipun anêluk-nêlukakên kanthi rêrambatan saking sakêdhik. Sanadyan kala punika wadya Jêpan sampun sagêd andhêsêk sangêt, ewadene wadya Tiongkok taksih têtêp botên purun nilar papan babarpisan. Ing sakawit katingal bilih tindakipun Tiongkok ingkang makatên wau dipun wastani muta-tuli, nanging ing wingking wontên kanyatahanipun ingkang migunani yêktos, inggih punika wadya Jêpan lajêng rangu-rangu anggèning badhe nêdya nyabrang lèpèn Kuning nglajêngakên lampah mangidul, amargi kawontênanipun tansah dipun ganggu damêl ing golongan Tiongkok.

Tumraping golongan Tiongkok ing wêkdal punika ragi rumaos kewran anggèning arekadaya nanggulangi pangangsêging wadya Jêpan wau, nanging wantuning wadya Tiongkok punika kathah saha manggèn ing pundi-pundi, lajêng sagêd anggrombolakên dados satunggal ingkang lajêng pangawak santosa, malah lajêng badhe nêmpuh abên-ajêng.

Ing sapunika katingal bilih kawigatosan ing Tiongkok punika pinanggih ing Syansi tuwin ing Hsuchow, kalih pisan punika pinanggih sami awratipun, nanging gêlaripun Tiongkok botên sanès namung nêdya andêdangu pêrang, ngangkah ngantos adamêl sayahing mêngsah, mila ing papan paprangan kalih panggenan wau tumindaking pêrang sami mawa gêlar ingkang sami. Tumrap ing golongan Jêpan inggih sampun mangêrtos, sanadyan Hsuchow punika sagêd karêgêm, ugi mêksa dèrèng sagêd cuthêl samantên kemawon, mila ugi tansah lumintu anggèning ndhatêngakên bêbantu. [bê...]

--- 647 ---

[...bantu.] Dene wadya bêbantu wau mêndhêt saking Mandsyukuo. Mirid kawontênan tuwin nyatanipun ingkang sampun pinanggih, wadya Jêpan punika sabên saya manêngah inggih nêmahi saya rêkaos, mangka kosokwangsulipun tumrap wadya Tiongkok, botên badhe kêkirangan punapa-punapa, mila gêlaring senapati namung badhe andêdangu pêrang.

Tumrap raosing pamawas, punika manawi namung mawas sasisih, lajêng katingal anggèning kirang jêmbar, upaminipun kados ing kala ungguling wadya Tiongkok, punika ngantos nyilêpakên wartos ing golongan Jêpan, lajêng katingal anggèning wadya Jêpan sami mawut. Manawi miturut wartos, adêging wadya Jêpang ingkang manggih panguwaos ing Tiongkok sampun sagêd ngawontênakên pranatan ingkang satunggal-satunggalipun sagêd gêgayutan, kados ta adêging paprentahan Jêpan ing Tiongkok sisi Lèr inggih punika ing PeipipgPeiping. tuwin Nangking, punika sampun sagêd manunggil. Dados sêdyanipun Jêpan anggèning badhe ngrêgêm panguwaos ing saurutipun pasisir Tiongkok, punika sampun kasêmbadan. Ing sapunika ing Amoy sampun dipun broki, malah wontên wartos lajêng badhe nêmpuh Canton, ingkang dunungipun wontên pasisir Kidul.

Tumrap panêmpuhipun Jêpun ingriku punika tansah kanthi nindakakên pamawas ingkang titi yêktos, ing sapunika wontên margi kalih ingkang kenging dipun tindakakên, inggih punika satunggal: anglajêngakên pêrang. Kaping kalihipun anglajêngakên pêrang, nanging kanthi angajêngakên laladan ingkang sampun kêcêpêng. Ing sêmu Jêpan badhe tumindak kanthi ngajêngakên laladan punika, awit punika nama satunggiling tindak ingkang adhêdhasar andandosi kasantosan. Ing sapunika wontên sêsulakipun bilih Prins Konoe badhe ada-ada ngêdêgakên departement enggal, ingkang maligi namung kangge nindakakên babagan kawontênan ing Tiongkok, ing bab politiek, economie, wadyabala tuwin sanès-sanèsipun. Departement punika ugi ngangkah adêging paguyuban agêng-agêng ingkang ngangkah sagêdipun narik pamêdalipun Tiongkok Lèr tuwin Têngah.

Wontên pamawas, bilih anggèning Jêpan ngawontênakên paprangan ing Tiongkok punika, ugi awigatos nêdya ngalang-alangi ajênging industrie ing Tiongkok, ingkang wosipun Jêpan nêdya pados daya wontên ingriku. Amargi ing bab babagan punika Jêpan tansah nyamarakên, awit samangsa industrie Tiongkok majêng, botên sande badhe andhêsêk Jêpan, sumêbaring padagangan Jêpan badhe botên angsal papan, mangka tumraping barang-barang Jêpan punika lêbêtipun dhatêng nagari pundi-pundi sampun sami dipun watêsi, ingkang sampun kanthi pamupakataning nagari-nagari sanès. Nanging Jêpan ugi sampun arekadaya sanès, inggih punika anggolongakên tatanan padagangan ing salêbêting laladan tuwin nagarinipun piyambak, inggih punika ing Jêpan, Mandsyukuo tuwin Tiongkok, ing pangintên tigang nagari punika sampun kenging kangge panyêgah munduring padagangan Jêpan.

[Iklan]

Tumrap departement babagan sajawining praja, rumiyin mila sampun gadhah pang ingkang nindakakên prakawis ing Asia Wetan. Saking kaparêngipun Prins Konoe, pang wau badhe dipun suwak, nanging Koki Hirota amambêngi. Pamanggihipun Koki Hirota punika amêngku kawigatosan agêng tumraping Jêpan gêgayutanipun kalihan Inggris.

Wêdharsabdanipun Sang Mussolini ing Genève.

Kawigatosanipun nagari-nagari ing Eropa punika pinanggih ing pundi-pundi, nanging ingkang pinanggih langkung wigatos ingkang prêlu dipun rêmbag ingriki ing bab kawontênanipun Italie gêgayutanipun kalihan nagari sanès. Ingajêng wontên rêmbag bilih wêdharsabda ingkang dipun tindakakên dening Blondel tuwin Ciano, badhe lajêng pinanggih angglèdhèk tanpa sambekala, nanging nyatanipun sarêng Sang Mussolini mêdharsabda wontên ing Genève, tatanan-tatanan rêmbag ingkang ing sêmu sampun kêtingal tumata, lajêng ewah malih, amargi ingatasing Italie tuwin Prancis punika dhêdhasaring ancasipun tumrap ingkang gêgayutan kalihan Sêpanyol pancèn beda. Tumrap Italie bingah manawi Prancis anayogyani dhatêng tindakipun Franco, manawi kêlampahan makatên, sawêg sagêd nêtêpakên dadosing prajanjian. Mangka panêdha makatên punika tumrapipun Prancis pinanggih sakalangkung awrat. Mangka sawarnaning rêmbag ingkang [ing...]

--- 648 ---

[...kang] sampun dipun rêmbag ingajêng saha ingkang sampun katingal urut, ing sapunika angosokwangsul, namung sarwa damêl botên marêmipun Prancis.

Tumrap Sang Mussolini, anggèning botên kasêmbadan sêdyanipun wau, botên badhe adamêl aliting manah, awit malah rumaos angsal margi ingkang saya sagêd ngatingalakên ing ajinipun. Ing bab kawigatosan punika Italie lajêng badhe nawèkakên dhatêng Jêrman tuwin Inggris, saha ing bab punika sagêd ugi adamêl kawrataning panimbangipun Jêrman tuwin Inggris. NanggingNanging. ing sêmu Italie taksih kêtingal anggèning ambêtahakên pamitran kalihan Prancis.

Mênggah sêdyanipun Italie, sampun ngantos wontên dêdamêl ingkang sagêd langkung mêdal ing tapêl-watês Prancis, tuwin ugi supados Prancis sampun ngantos ngêmori damêl ing bab babagan Sêpanyol. Tumrap Prancis, purun nutup tapêl-watês, samantên wau manawi pasisir Sêpanyol dipun jagi kêncêng, sampun ngantos kêlêbêtan dêdamêl saking lautan, mênggah cêthaning kajêngipun, supados Jêrman tuwin Italie botên ngêmori damêl malih. Yèn ta cêthaa, Prancis punika nyababakên, punapaa manawi tumrap sanès kenging ngêmori damêl, sarêng Prancis piyambak botên, punapa ingkang makatên punika nama ngadil.

Ing bab prajanjianipun Italie kalihan Inggris taksih têtêp kêncêng, dene kajêngipun, tumrap kawontênanipun ing Sêpanyol badhe dipun kêncêngi, sarana nêtêpi unduring wadyanbalawadyabala. saking tanah ngriku, mawi awêwaton miturut kawontênaning unduripun têtiyang sanès saking tanah ngriku. Nanging sarèhning bab punika katingalipun sampun botên kenging dipun tata, mila Inggris namung badhe ngêntosi sarampunging paprangan kemawon. Manawi mirid kawontênan, paprangan punika kados tumuntên rampung, saha ingkang unggul Jendêral Franco. Pamawas ingkang kados makatên punika sampun angagêngakên pangajêng-ajêngipun Sang Mussolini. Nanging lajêng, grêg, wontên wartos bilih Ruslan badhe ambiyantu golongan republiek ing Sêpanyol, dêdamêlipun badhe kakintunakên mêdal tapêl-watês Prancis.

Babagan ing Tsyechoslowakiye

Miturut wartos, ing wêkdal punika têtiyang ing Bèrlin sami dipun èngêtakên dening Inggris tuwin Prancis, inggih punika bab kawontênanipun bangsa Jêrman ing Tsyechoslowakiye. Pêpèngêt punika adhêdhasar bilih kawontênanipun ing nagari ngriku ing sapunika sampun têntrêm, inggih punika sasampunipun Henlein rêrêmbagan wontên Londen. Kathah-kathah rêmbag ingkang dipun wêdhar wontên ing Londen, ingkang pikantukipun adamêl panyirêping raos kanêpson. Nanging ing salajêngipun, miturut wartos, ing salêbêtipun gangsal dintênan punika, tuwuh wontên ramèn-ramèn malih. Lêrêsipun ingriku ing wêkdal wau kawontênakên pilihan ing gemeenteraad. Miturut wartos, ing kala punika Jêrman mêpêk wadyabala wontên ing tapêl-watês Tsyechoslowakiye. Kintên-kintên tindakipun Jêrman ingkang makatên wau botên sanès namung pados daya, supados pamilihipun wau dhawah ing golonganipun Henlein. Ingriku lajêng nuwuhakên pasulayan ing kitha-kitha, kadosta ing Chomutov, ing tapêl-watês Jêrman. Ingkang pasulayan wau saradhadhu bangsa Tsyech kalihan bangsa Jêrman Sudeten. Parentah ingriku lajêng dhawuh supados para saradhadhu sikêp dêdamêl. Kajawi tatanan makatên wau, ugi wontên tatanan sanèsipun ingkang gêgayutan kalihan militèr. Miturut katrangan saking parentah, tatanan makatên punika prêlu kangge anjagi tatatêntrêm, botên jalaran saking anggèning nêdya pasulayan kalihan nagari sanès.

[Iklan]

Ing bab punika tumraping sêrat-sêrat kabar Jêrman lajêng ngawontênakên pakabaran ingkang araos landhêp. Nanging ing sêmu, ing bab babagan punika tumrapipun Sang Hitler botên nêdya badhe pêrang, samantên wau manawi laladan Tsyechoslowakiye sawatawis dipun dêgi panguwaos autonomie. Ingkang makantênmakatên. punika lajêng wontên utusan Inggris ing Bèrlin ingkang akajêng suka pêpèngêt supados têtiyang ing Bèrlin botên lajêng tumindak grusa-grusu. Dene ing salajêngipun dèrèng wontên wartos malih.

Kados makatên mênggah goyat-gayutaning lêlampahan ingkang pinanggih ing Asia tuwin ing Eropa salêbêtipun saminggu.

--- 649 ---

CANGKRIMAN VOLKSALMANAK

(Sambêtipun Kajawèn No. 41)

111e. Prijs Liem Sing p/a Go Boen Tauw, Sumberanyar, Asembagus, Situbondo ... f 5,-

112e. Prijs H.S. Chang, Stb. no. 1368, Digul ... f 5,-

113e. Prijs M. Tata Adimihardja, Jurutulis desa Plasarigirang, onderdistr. Klapanunggal, Parungkuda ... f 5,-

114e. Prijs Moestofa, guru madrasah Islam, Sambi, Kandat, Ngadiluwih (Kediri) ... f 5,-

115e. Prijs Moeh. Said, Particulier, Sei. Rukam, Klua, Bym. Amuntai ... f 5,-

116e. Prijs Siswasoekarsa, Guru sek. desa Petanahan, kamp. Patanahan distr. Pêjagoan, Reg. Kêbumèn, Kêbumèn ... f 5,-

117e. Prijs M. Atmawinata, 1e. Volksonderwijzer, Cisêmpur o/d Cibalong, distr. Karangnunggal, Tasikmalaya ... f 5,-

118e. Prijs Kasim Chalifah p/a Haji Abd. Madjid, mengaji di Bukittinggi (S.W.K.) ... f 5,-

119e. Prijs J. Achmad, Expeditie-mandur b/d Ned. Ind. Industrie, Kamp. Ampel-Pacar No. 25 - Surabaya ... f 5,-

120. Prijs Moeh. P. Soepardi, Onderneming Cimenteng, Sukabumi ... f 5,-

121e. Prijs Annie Mantolalu, bersekolah (schoolkind.) Cikala I (Ares) No. 58 - Manado ... f 5,-

122e. Prijs Mhd. Noer Siregar, Partikulir, Sungai Kanan, Kotapinang ... f 5,-

123e. Prijs Sa'adah Deliana Hasni p/a M. Jasin Daulay, Siboehoean, post. Gunungtua, Padanglawas ... f 5,-

124e. Prijs Djamroet, Postklerk 1e. kl., Bagansiapi-api (S.O.K.) ... f 5,-

125e. Prijs Said Koesein bin H. Moeslihoeddin, Hoofdoppasser der I.U.A. (Douane), Banjermasin ... f 5,-

126e. Prijs Hardwigh Koetin, Murid M.U.L.O., Hendriksweg 68, Banjermasin ... f 5,-

127e. Prijs Sastrawidjaja, Guru II, Sukaratu, tinggal dikamp. Bantarhuni desa Gunungsari, ond. Indihiang, Tasikmalaya ... f 5,-

128e. Prijs Sapi'i, murid sekolah Vervolg, Pelamaran, Kayuagung ... f 5,-

129e. Prijs Abdoel Raman bin Soelaiman, Handelaar Kuta Binjai Jateuk Rayeuk, Idi (Aceh) ... f 5,-

130e. Prijs Tio Tang Nio p/a Tio Pek Liong, Kepahiang ... f 5,-

131e. Prijs Abd. Sani Soekoe Setia Radja Diah, Hoogstraat 40, Tebing-Tinggi (Deli) ... f 5,-

132e. Prijs E. Achmad Soeffandie, Wd. Camat-politie, Babakan Sadeng distr. Leuwiliang, Buitenzorg ... f 5,-

133e. Prijs R. Kartisastrosoemarman, schrijver Zelfbestruurwerken Jokya ... f 5,-

134e. Prijs Boerlian, murid vervolgschool Muarakuang, Tanjungraja, Palembang ... f 5,-

135e. Prijs M. Wiriadikarta, Mantri Teekenaar Prov. Waterstaat 5a. Distr. Purwakarta ... f 5,-

136e. Prijs M. Soerawidjaja, Lurah desa Cibatuireng, Tasikmalaya ... f 5,-

137e. Prijs Siswadi, Toko Mulyo, Gringging, Kediri ... f 5,-

138e. Prijs Soetojatno, hulponderw. Vervolgschool Kertorejo, pkt. Ngoro (Jombang) ... f 5,-

139e. Prijs E.B. Salomsonsz, Hukum Tua negeri Titiwungan, pkt. Manado ... f 5,-

140e. Prijs Parimin, desa Ragung, jongos H. de Vris, Sampang (Madura) ... f 5,-

141e. Prijs Imran, murid klas 5 H.I.S., Jambi ... f 5,-

142e. Prijs Zainoen, mengaji kor'an, Ganting, Batu-Bulat, Fort v.d. Capellen ... f 5,-

143e. Prijs Oesar p/a Kantoor Datoek Lepan, Pangkalanbrandan ... f 5,-

144e. Prijs Mohd. Nasir c/o Grand Hotel, Medan ... f 5,-

145e. Prijs I Gede Merta, Pacul (cocok tanam) Kp. Suengguan, desa Lukluk, distr. Mengwi, Denpasar ... f 5,-

146e. Prijs M. Sanoesi, Landbouw-Manteri, Palopo (Celebes) ... f 5,-

147e. Prijs Sinar Boelan Ismail, Schrijver B.B. Lubuk Linggau (Palembang) ... f 5,-

148e. Prijs H.M. Sarkawie, Cranie N.V. Borneo Teak Export, Balikpapan ... f 5,-

149e. Prijs R.Ng. Hardjosoewardo, pensiun Panewu, Baturetno (Wonogiri) ... f 5,-

150e. Prijs Mentjeh Sarniembah, berladang, Kabanjahe ... f 5,-

151e. Prijs A. Aboe Bakar c/o Mohd. Oetoey, Opzichter b/h Boschwezen Tanjong-Pandan ... f 5,-

152e. Prijs Sastrosoewito, Carik desa Yosorati, Sumberbaru, Jatiroto ... f 5,-

153e. Prijs Soejana (Ranoewisastra), murid H.I.S. Brebes ... f 5,-

154e. Prijs Soekarman, Carik desa Ambarwinangun, Kutawinangun ... f 5,-

155e. Prijs Taliboe Ntol, schrijver B.B. Luwuk, Banggai, Poso ... f 5,-

156e. Prijs Masjiara bin Salih, Guru bantu Volksschool Kaludan, Amuntai ... f 5,-

157e. Prijs Hadji Noersaid, Ngasinan distr. Grabag bij Magelang ... f 5,-

158e. Prijs Mastari, Aannemer Papan c/o Mandur Tabri, Kota Pinang O.v.S. ... f 5,-

159e. Prijs M. Sastra Atmadja, tani dan zaakwarnemer desa Cibeber, onderd. Batujajar, Cimahi ... f 5,-

160e. Prijs Rahman, kepala guru Volkschool No. 2 Cepu ... f 5,-

161e. Prijs K.A. Achmad, Pasarlama 240 - Kepahiang ... f 5,-

162e. Prijs Soelaiman, Volksonderwijzer, Tacenan, Japara ... f 5,-

163e. Prijs Mohd. Sabi, Hulponderwijzer Volksschool, di Peudawa Puntung, Idi (Aceh) ... f 5,-

164e. Prijs Moesa bin Arman, Tuk. Menjait, kamp. Kramat Pulo, Gg. Daud No. 450 - Batavia-Centrum ... f 5,-

165e. Prijs 'Abdoe'Imanap bin 'Adoe'Imoetalib, berdagang di K. Selatan, Banjermasin ... f 5,-

166e. Prijs Tohari al. Sastrosoedarmo, Guru desa Mangunreja, district Tegalreja, Magelang ... f 5,-

167e. Prijs Roekajah p/a St. Radjo nan Besar, Gemeentewerken, Fort de Kock ... f 5,-

168e. Prijs Siswasoebrata, Menteri guru Vervolgschool, Purwantoro, Wonogiri ... f 5,-

(Badhe kasambêtan).

--- 650 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

Bab badhe adêging Bestuuracademie. Miturut wartos ing bab badhe adêging Bestuuracademie ing tanah ngriki sampun wontên rêmbag saking Directeur Pangrèhpraja tuwin Directeur Pangajaran ingkang cocog. Ingkang dados mahaguru saking pamulangan luhur pangadilan tuwin saking pamulangan luhur sanèsipun. Rancanganipun, tumrap para priyantun Pangrèhpraja ingkang kêpilih tuwin priyantun Pangrèhpraja wêdalan Mosvia ingkang sampun tumindak ing damêl 3 taun sagêd sinau mriku. Ing têmbenipun sagêd gadhah pangkat agêng. Tumrap ingkang lulus saking ngriku ingkang onjo, sagêd pados sêsêbutan Doktor, nanging kêdah sarana nyinau 3 basa ingkang katêmtokakên.

Motor mabur saking nagari Walandi ambêkta mas. Wontên wartos, motor mabur saking nagari Walandi ingkang dhatêng tanah ngriki nalika dumugi Singapura ambêkta momotan mas rêrêgèn 1 yuta rupiyah, mas wau wontên 2 gluntung.

Pandadaran ing Nias. Lulus Indisch arts examen perangan kapisan ing Nias. Surabaya, tuwan-tuwan Soemiatno tuwin Tjoa Gie Tiang. Lulus pandadaran Ind. Arts, tuwan-tuwan K.A. Staa tuwin Soepa'at.

Mulo Jawi Mardi Rahayu angsal arta pitulungan saking Parentah. Miturut katrangan saking Inspecteur Inl. Onderwijs ing Ngayogya, wiwit benjing wulan Augustus ngajêng punika, Mulo Jawi Mardi Rahayu ing Ngayogya angsal arta pitulungan saking Parentah.

Ama ulêr ing Ponorogo. Ing wêkdal punika ing laladan Ponorogo tuwuh ama ulêr ingkang nêmpuh ing pasabinan, kintên-kintên wontên sabin 300 bau risak kêtrajang ing ama wau, bêgja-bêgjanipun namung sagêd ngukup pamêdal sapratiganipun. Wujuding ulêr wau kados ugêd-ugêd, manggèn wontên ing êmpoling pantun, manawi êmpul wau sampun butul, ulêripun lajêng nêdha pantun saking nglêbêt, wusana lajêng garing.

Pamulangan Muhammadiyah. Wiwit benjing wulan Augustus ngajêng punika Hoofdbestuur Muhammadiyah babagan pangajaran badhe ambikak pamulangan dagang ingkang kanthi angsal pambiyantu saking Nagari. Ingkang katampèn malêbêt ingriku punika lare-lare wêdalan saking Vervolgschool. Dumuginipun sapunika, Muhammadiyah sampun anggadhahi pamulangan 79 ingkang sami angsal pambiyantu saking Parentah. Gunggunging pamulangan sadaya wontên 151, gurunipun 350, muridipun kirang-langkung 15.000.

Pramèswari Siam gêrah. Wontên wartos, Pramèswari Siam ingkang nuju pêpara wontên tanah ngriki, sadumugining Surabaya gêrah, malah mandhapipun saking auto dipun bopong, lêrêm wontên ing hotèl. Salajêngipun kapitulungan ing dokter tumuntên.

Pakêmpalan bangsa Tionghwa ing Sêmarang kapengin malêbêt Karaton malih. Sampun sawatawis wulan pakêmpalaning bangsa Tionghwa ing Sêmarang sowan malêbêt ing Karaton Surakarta, ingkang tumut wontên tiyang 600. Ing sapunika wontên panyuwun malih badhe malêbêt ing Karaton, amargi kala samantên taksih kathah ingkang dèrèng tumut. Panyuwun wau ugi kaparêngakên, nanging namung tiyang 400. Dene sowanipun badhe wontên ing salêbêtipun wulan Juni ngajêng punika.

Pisungsung konjuk Sripaduka Prinses Juliana. Ingajêng golonganing bangsa Tionghwa ing Ngayogya gadhah sêdya badhe misungsung awarni sutra sulaman konjuk Sripaduka Prinses Juliana, sakalihan Sripaduka Prins Bernhard tuwin Putri Beatrix. Ing sapunika barang wau sampun mèh rampung, awujud sutra wangun pasagi, sinulam ing bênang sutra mawi basa Tionghwa ingkang suraosipun ngunjukakên pêpuji kasugêngandalêm. Barang wau dipun garap dening para murid èstri pamulangan Tionghwa.

Anjagi murih saening rêrêgèn wulu pamêdal. Para sudagar têtiyang siti ing Maos tuwin Kroya sami ngêdêgakên pakêmpalan dagang sade uwos tuwin pamêdal sanès-sanèsipun, pêrlu kangge anjagi murih rêrêgèning wulu pamêdal ingriku sagêd tata sae.

[Iklan]

Ing Surakarta botên kawontênakên klas H.B.S. Miturut wartos lumantar têlêgram saking Departement Pangajaran, ing Surakarta botên badhe dipun wontêni klas kangge H.B.S.

Bangsa Tionghwa ingkang nêmbe dhatêng. Kapal Cisarua gadhahanipun J.C.J.L. ingkang dhatêng ing Tanjung Priok ambêkta bangsa Tionghwa saking Tiongkok cacah 600 sami manggèn ing dhèk tuwin 100 wontên ing kamar. Sadaya wau sami badhe manggèn wontên ing tanah ngriki.

Adêging pabrik panggilingan wos O.L. Mij. Bumiputêra. Adêging pabrik panggilingan wos gadhahanipun O.L. Mij. Bumiputêra ing Sumpyuh, sagêdipun tumindak kintên-kintên wontên ing wulan October ngajêng punika, amargi ngêntosi angsalipun stroom lestrik saking Baturadèn. Dene ing bab panyuwunipun bangsa Tionghwa badhe ngêdêgakên pabrik panggilingan wos wontên ing Kroya, botên kaparêngakên. Dados adêging pabrik panggilingan wos wau botên wontên ingkang ngêjori.

Tiwas jalaran nêdha ulam kutuk. Ing Kramat Pulo, Bêtawi, wontên tiyang angsal ulam kutuk agêng, lajêng dipun olah saha katêdha ing tiyang tiga, wusana têtiyang wau sami tiwas. Salajêngipun bab punika lajêng dados papriksaning dokter.

Angsal-angsalanipun S.S. Ing salêbêtipun wulan April kêpêngkêr, angsal-angsalanipun S.S. wontên f 2.205.103.-, ing kala wulan April taun kêpêngkêr wontên f 2.083.125.70. Wiwit Januari dumugining wulan April wau wontên f 8.412.776.73, pêpetangan makatên ing taun kêpêngkêr wontên f 8.316.754.67.

Pakêmpalan enggal ing Pasuruan. Ing Pasuruan wontên pakêmpalan enggal nama Perhimpunan Pegawai Regentschap Pasuruan. Sêdyaning pakêmpalan wau 1 ngrakêtakên pawongmitran, 2 nyèlèngi arta, 3 mitulungi dhatêng warganipun ingkang kèndêl saking padamêlanipun. Mawi ngawontênakên arta urunan sabên wulan tiyang satunggal 10 sèn, celengan 25 sèn. (K. 8327).

Warisanipun Ki Margowirjo sampun dipun bage. Ingajêng sampun nate kawartosakên, ing Surakarta wontên tiyang ngajal nama Ki Margowirjo, anggadhahi tilaran bandha f 50.000.-. Bab punika lajêng dados prakawis ingkang tuwuh saking para waris. Ing sapunika sampun wontên karampunganipun, bok Margowirjo angsal panduman sapalih, dene waris sanès-sanèsipun cacah tiyang 25 sami angsal panduman sapalihipun.

--- 651 ---

Pasar Malêm ing Surakarta. Benjing dhawahing dintên pèngêtan adêging praja Surakarta 200 taun, kados ingkang sampun nate kawartosakên, punika mawi pasamuwan agêng-agêngan. Pambiyantu ingkang badhe tumut ngramèkakên, tumrap Departement Paprangan badhe mitongtonakên tumindaking damêlipun mriyêm enggal, motor mabur, motor dêdamêl mriyêm tuwin sanès-sanèsipun. S.S. badhe ngawontênakên sêpur mirunggan saking Madiun dhatêng Surakarta. Pakaryan Post badhe ngawontênakên papan radio, sagêd nampèni rêmbagipun têtiyang saking papan ngriku dhatêng nagari Walandi.

Dados beroepsassistente ing Pamulangan Luhur Dokter. Nonah Go Giok Khoen katêtêpakên dados beroepsassistente ing Pamulangan luhur Dokter ing Bêtawi, têtêpipun wiwit tanggal 29 April 1938.

Ing Garut pinanggih wontên barangipun kina. Ing bawah Limabangan Garut, wontên tiyang sêpuh anggarap sitinipun ingkang botên sapintêna, ingriku nanggori barang atos. Sarêng dipun satitèkakên ingkang atos-atos wau barang awarni blèg isi barang-barang. Sarêng barang-barang wau dipun rêsiki lajêng katingal gumêbyar. Nanging salajêngipun dèrèng wontên katrangan ingkang gumathok barang-barang wau bangsaning punapa.

Badhe têdhak Australie. Gêgayutan kalihan rawuhipun Gupêrnur Jendral Australie ing tanah Ngriki, wontên wartos bilih Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana ugi badhe malêsi maratamu dhatêng Australie, kintên-kintên wontên salêbêtipun taun 1939.

Wartos ingkang adamêl kagètipun tiyang kathah. Ing dhusun Kêlapagênêp, Tasikmalaya, nalika nuju jumuwahan wontên ing masjid, kaumipun ing masjid ngriku lajêng sêsorah ingkang sakalangkung nganèh-anèhi, inggih punika nyariyosakên bilih ing taun punika badhe wontên cahya ingkang anggêgirisi, ing taunipun ngajêng badhe wontên bêgowong tigang dintên tuwin sanès-sanèsipun. Sarèhning anggènipun sêsorah wau wontên sangajênging tiyang kathah saha têtiyangipun taksih kirang sêsêrêpan, kathah ingkang lajêng pitados. Rahayunipun bab punika lajêng kasumêrêpan ing pulisi.

Pamulangan Luhur Dokter. Lulus doctoraalexamen kapisan, tuwan-tuwan Athos, Kwee Tat Tjhong tuwin Tan Ing Djiang. Lulus artsexamen perangan kapisan, tuwan-tuwan Adnaan Gani, R. Soewandi Mangkoedipoero tuwin R. Darma Sêtyawan Notohatmodjo. Têtêp dados arts, tuwan Soekandar.

Papriksa dhatêng tanah Sabrang. Pangagênging wadyabala Dharatan sampun nitih motor-motor mabur patroulle Glenn Martin pêrlu nitipriksa kawontênan ing Borneo, Selebes tuwin Molukken. Wangsulipun dhatêng tanah Jawi wontên ing tanggal 8 Juni.

Tuwan Prawoto dados pangarsa P.P.B. malih. Miturut pamilihing ngakathah kala congres P.P.B. ing Surakarta, tuwan Prawoto têtêp kapilih dados pangarsa malih.

Sampun wiwit maringi pikêkah R.M. Wiwit kala tanggal 9 Parentah Surakarta sampun maringi pikêkah dhatêng para ingkang sami gadhah panyuwunan sêsêbutan Radèn Mas, inggih punika tumrap darah Nata grad 5. Ingkang sami gadhah panyuwun wau mawi kapatrapan sumpah.

Wadya marsose sampun wangsul saking papan pajagèn. Ingajêng ing laladan Bêtawi tuwin Bogor nalika rêsah-rêsahipun, kathah durjana koyok sapanunggilanipun, ngantos dados pajagèning wadya marsose. Ing sapunika ing papan ngriku sampun pinanggih têntrêm, saha salajêngipun wontêning wadya marsose ingkang jagi ingriku lajêng kasuwak, santun dados pajagèn pulisi kados adat.

Angsal-angsalanipun tram partikêlir. Angsal-angsalanipun S.C.S. ing salêbêtipun wulan April 1938 wontên f 176.000.-, ing wulan April 1937 wontên f 165.000.-. Wiwit Januari dumugi April wau f 695.000.-, petangan makatên ing taun 1937 wontên f 90.000.-, April 1938 wontên f 102.000.-. Wiwit Januari dumugining April 1937 wontên f 389.000.-, pêpetangan makatên ing taun 1938 wontên f 413.000.-.

Kapal Houtman badhe kasade. Benjing salêbêtipun wulan Juni ngajêng punika kapal Houtman badhe bidhal saking tanah ngriki ambêkta momotan gêndhis 3700 ton kabêkta dhatêng Port Said tuwin nagari Walandi. Ing salajêngipun kapal wau botên wangsul dhatêng tanah ngriki malih, lajêng badhe karembak kasade.

[Iklan]

Woordenboek Bali. Kawartosakên bilih ing bab pandamêlipun woordenboek Bali kapasrahakên dhatêng Dr. J.L. Swellengrebel.

NAGARI WALANDI

Sripaduka Prins Bernhard ngèngêti dhatêng têtiyang ingkang mitulungi. Atas asmadalêm Sripaduka Prins Bernhard lumantar Burgemeester Diemen, amasrahakên ganjaran dhatêng Roest Sr. tuwin Roest Jr. punapadene Bakker, ingkang sadaya wau sami mitulungi Sripaduka Prins Bernhard nalika kasangsaran auto, ganjaran wau awarni gambardalêm Sripaduka Prins Bernhard mawi dipun tapakastani. Tumrap sanèsipun dipun paringi ganjaran wadhah awu ingkang mawi ciri titimangsa nalika dhawahing kasangsaran.

Badhe ngrampungi prakawis kasangsaran kapal Kota-Agung. Benjing tanggal 31 Augustus ngajêng punika, Scheepvaartraad ing nagari Walandi badhe mriksa prakawis ing bab kasangsaran kapal Kota-Agung. Miturut papriksan, sababing kasangsaran botên sanès tuwuh saking mailkamer.

EROPA

Ngindhaki wadya anggêgana. Miturut wartos, commissie babagan wadya nggêgana Inggris ngaturi uninga dhatêng ministerie babagan gêgana, bab pamêlingipun motor mabur dhatêng Amerika, sanadyan artanipun botên kêkirangan, nanging Amerika botên sagêd ngladosi kados panêdhanipun Inggris.

Kasangsaran sêpur ing sangandhaping siti. Miturut wartos saking Londen, sêpur ingkang lumampah ing sangandhapipun siti manggih kasangsaran tubrukan, wontên tiyang 6 ingkang tiwas tuwin 60 nandhang tatu. Wontên gêrbong satunggal ingkang kêpêksa kêdah kabêsmi mawi acetylin. Wontên têtiyang sawatawis ingkang kêtulungan lajêng dipun sukani zuurstof tuwin morfine.

AMERIKA

Kasangsaran motor mabur. Kawartosakên, ing antawising Loss Angeles mêntas wontên kasangsaran motor mabur, nanging lajêng botên cêtha. Ing salajêngipun wontên wartos, miturut cariyosipun satunggiling tiyang tani, sumêrêp kasangsaraning motor mabur wau, ingkang numpak wontên tiyang 9 sami tiwas sadaya. Sarêng dipun nyatakakên mayit-mayitipun sampun sami gosong wontên ing parêdèn Canyon, motoripun mabur sampun botên kantênan wujudipun.

--- 652 ---

Wêwaosan

I. Lêlampahanipun Wasili, anakipun Busli.

77

Jalaran saking ancaman ingkang makatên wau, kasabaranipun Wasili ical babarpisan, lan salajêngipun muntabing manahipun sakalangkung-langkung. Ing wusana Wasili lajêng ngumbar suwara makatên:

He, wong-wong Nopgorod kabèh, padha rungokna kang dadi cêlathuku kiyi. Sesuk aku arêp ngêdêgake sayêmbara, yèn kowe kabèh bisa ngasorake juritku lan andhahanku, kêna kowe kabèh ngêthok guluku lan ambêskup barang darbèkku kabèh. Kosokbaline yèn nganti mênang juritku, kowe kabèh kudu têluk nyang aku, lan sajêge urip kowe kabèh kudu asok bulu-bêkti nyang aku.

Sayêmbaranipun Wasili wau katampi dening têtiyang sadaya, lan papan ingkang badhe kangge pôncakara punika dipun têmtokakên wontên ing krêtêg Wolso.

Salajêngipun Wasili nuntên mantuk, saha lajêng nyariyosakên dhatêng bibunipunibunipun. punapa ingkang sampun kalampahan wau. Mirêng cariyosipun Wasili ingkang makatên wau, ibunipun lajêng tawan-tawan tangis. Anakipun ingkang sawêg mêndêm wau, lajêng katuntun kabêkta lumêbêt ing kamar pêtêng, korinipun saking ing jawi lajêng kakancing gêmbok waja, sarta taksih lajêng dipun palangi mawi palang tosan pintên-pintên. Jalaran saking punika, miturut pamanggihing ibunipun, Wasili tamtu botên badhe sagêd mêdal. Wontên ing ngriku Wasili lajêng têrus tilêm tanpa nglilir-nglilir, ngantos dumuginipun enjing.

Enjingipun sadaya para andhahanipun Wasili, enjing umum-umun sampun tangi, saha lajêng enggal-enggal sami bidhal nuju dhatêng krêtêg papaning campuh ngayuda ingkang sampun katamtokakên wau. Ing sadèrèngipun sami pangkat, para neneman wau sami raup toya asrêp rumiyin, tuwin rainipun kaajêngakên mangetan. Sasampunipun sami sarapan sakêdhik, inggih lajêng sami pangkat. Samargi-margi para neneman wau sami nyumêrêpi, bilih têtiyang ing Nopgorod sami mêdal sadaya, lan têtiyang ingkang sami sagêd ulah dêdamêl sami dhatêng ing krêtêg Wolso sadaya, prêlu nêdya amangsah pêrang kalihan andhahanipun Wasili. Sarêng andhahanipun Wasili wau sampun dumugi ing papan ingkang kasêdyakakên wau, ing sarèhning Wasili botên wontên, ingkang lajêng ngêpalani para neneman wau Kusêpya, saha nuntên suka sasmita supados pêrangipun tumuntên dipun wiwiti. Para andhahanipun Wasili wau sanalika lajêng anêmpuh dhatêng têtiyang Nopgorod, lan botên watawis dangu ing krêtêg ngriku lajêng tuwuh pêrang ingkang sakalangkung rame sangêt. Anggènipun para neneman sami campuh ing pêrang kalihan têtiyang ing Nopgorod wau sampun sawatawis jam dangunipun, ewasamantên kêpalanipun, inggih punika pun Wasili, mêksa dèrèng dhatêng ing ngriku. Kalayan sêmu ngerang-erang mêngsahipun lajêng sami alok-alok makatên:

He, nyang ngêndi kêpalamu Wasili. Wêruha, kêpalamu kuwi sanyatane ngloropake kowe kabèh. Kowe kabèh dikon padha pêrang, nanging dhèwèke dhewe ora muncul babarpisan. Anggonmu pêrang kuwi wis ana têlung jam, sirahmu wis padha kêbak tatu, tanganmu padha abang jalaran saka gêtih, nanging kêpalamu bokmanawa saikine isih enak-enak ana ing ngomah.

Mamilya punika gadhah rencang èstri alit. Kalêrêsan ing kala punika rencang èstri wau ambêkta èmbèr kalih wontên ing lèpèn Wolso ngriku prêlu badhe ngangsu toya, ing ngriku piyambakipun nyumêrêpi campuhipun para neneman ingkang namung sakêdhik cacahipun wau amêngsah kalihan tiyang sakitha. Lan ing ngriku piyambakipun ugi nyumêrêpi, bilih para neneman wau saya dangu saya mundur saya mundur. Sarêng para neneman sumêrêp dhatêng lare èstri wau, lajêng sami ambêngoki makatên:

Enggal-enggal lumayua nyang omahe Wasili, lan tutura supaya dhèwèke enggal-enggal têtulung mrene. Awit yèn ora mangkono, ora wurung aku kabèh mêsthi bakal kêlakon dipatèni dening musuh.

Badhe kasambêtan

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 4966 ing Klathèn. Katrangan panjênêngan lêrês, nanging botên nyêkapi kangge sarana murih angsal bêbingah.

Lêngganan nomêr 816 ing Parakan. Kaping 29/3-'38, 1e. kw. Sawêg sah. Botên angsal bêbingah.

Lêngganan nomêr 3105 ing Bêringin. Kaping 11/3-'38, 1e. kw. Sawêg sah. Botên angsal.

Lêngganan nomêr 4983 ing Surakarta. Lêngganan kapetang wiwit 1/2-'38.

Lêngganan nomêr 3515 ing Têgal. Kados ing nginggil.

--- 81 ---

Nomêr 21, 25 Mèi 1938. Taun III.

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta: Rr. Siti Mariyam. Kawêdalakên sabên Rêbo.

Kamardikaning Wanita

Sampun kapara dangu anggèn kula gadhah sêdya, badhe nglairakên punapa ingkang sumimpên wontên ing têlênging manah kula, nanging tansah mandhêg mangu, jêr ajrih tiyang dèrèng nate-nate. Inggih yèn andadosakên sarjuning para nupiksa, manawi botên, tiwas namung dados paran èsêman. Nanging raos ajrih wau ing samangke ical babarpisan, saking ketang trêsna kula dhatêng sasami kula wanita. Ancas kula karangan punika sagêda dados pêpèngêt dhatêng para pinisêpuh ingkang sumêdya amikramakakên putra-putri.

Ing Kajawèn sampun nate ngêwrat karangan, ingkang asêsirah: Kamajêngan, gandhèngipun kalihan kasusilaning wanita Jawi. Ing ngriku katêrangakên kalayan cêtha, awonipun sêsrawungan mardika tumrap jalu lan wanita, ingkang pinanggih ing jaman samangke. Inggih punika sêsrawungan ingkang cêngkah kalihan kasusilan, ingkang tundonipun dados tuking rubeda warni-warni.

Ing sapunika kula badhe angrêmbag sagadug-gadug kula, bab: kamardikan ingkang kêdah kaparingakên dhatêng putra-putri. Jêr tanpa kamardikan punika, gêsanging wanita botên badhe sagêd sae lan bêgja. Inggih punika, kamardikan bab: pamilihing priya.

Sampun asring-asring kula tumut angèstrèni dhauping pangantèn, botên namung pangantèn ing dhusun kemawon, ugi pangantèn ing kitha, ing dalêmipun priyantun ingkang sampun ngangge tatacara kamajêngan. Ing ngriku têrang sumêrêp kula, bilih wontên raosing batos ingkang sumimpên wontên ing manahipun para tamu sadaya. Ing sawênèhing panggenan tuwuh tatacara sae, inggih punika: ing wêkdal dhauping pangantèn para tamu dipun aturi wanci prêlu kangge nglairakên raos wau. Mèh sabên sêsorah kenging kula princi dados kalih. Sapisan: raos bingah. Dene têka wontên manungsa sapasang ingkang nêdya nambut silaning akrami, ngancik margi enggal, margining gêsang rêrayatan, ingkang yèn kalêrêsan, dados jalaraning kabêgjan warni-warni. Ingkang kaping kalih: awujud pamuji. Mugi-mugi sang pinangantèn kalisa ing sambekala, atut [a...]

--- 82 ---

[...tut] rukun ngantos dumugi kakèn-kakèn, ninèn-ninèn.

Manawi kula laras panjang, kula manah ingkang lêbêt, lajêng tuwuh panggrayangan: bilih bôngsa kula Jawi punika umumipun sami ngakêni, bilih ijab punika kangge salaminipun gêsang. Panggrayangan kula wau saya kêkah manawi kula ngèngêti, bilih bôngsa kula Jawi punika umumipun sami gadhah raos: nyapèlèkakên dhatêng wanita utawi priya ingkang kêrêp sangêt santun semah, pamujining tiyang sêpuh sagêda anak punika emah-emah sapisan dados, botên ngaping kalihi. Lah, sapunika kadospundi pambudidayanipun tiyang sêpuh, supados idham-idhaman wau sagêd kasêmbadan.

Badhe kasambêtan.

Rara Suparti.

Bab Olah-olah

1. Kupu Ratu

Godhong tela kaspe ingkang ênèm dipun dang ngantos matêng. Bumbunipun: kêmiri, bawang, kêncur, lombok abrit, sarêm, gêndhis, dipun ulêg ingkang lêmbat. Manawi sampun lêmbat, rajangan godhong tela kaspe dipun carub, sadèrèngipun dipun carub kapêrês rumiyin ngantos ical langunipun, lajêng dipun lintingi kawêwahan tigan tumuntên dipun êdang malih.

2. Sapit Bali

Ulam daging dipun godhog ingkang êmpuk lajêng dipun suwiri, tumuntên dipun sapit, ing nginggil dipun sukani kêthokan papah katès ingkang panjangipun kintên-kintên 2 cm. Bumbunipun: kêmiri, kunir, lombok abrit, brambang, bawang, kêncur, jae sairis, sarêm, gêndhis, dipun ulêg lêmbat kawêwahan santên kanil, lajêng dipun godhog sampun ngantos pêcah. Sapitan wau dipun garangi sarta dipun pyok-pyoki godhogan bumbu samatêngipun, panggarangipun sampun ngantos gosong, kêdah ingkang sumringah.

3. Pelas Godhong Lumbu

Godhongipun lumbu wulung utawi lumbu pantun dipun godhog lajêng dipun ulêg. Bumbunipun: bawang, kêncur, lombok rawit, sarêm, gêndhis, tempe bosok, gêrèh dipun dang dipun icali êrinipun, lajêng dipun ulêg lêmbat sarta kawêwahan parudan klapa. Sadaya wau dipun carub kalihan ulêgan lumbu, klapa lan bumbunipun kêdah ingkang timbang, dipun pèsi lajêng dipun garang. Pandhaharipun angêt-angêt.

4. Gudhangan mêntah wêdaling kêbon

Godhong luntas, suring (kênikir) inggih godhong dewadaru ingkang sêkar jambon, kêmangi, mlandhingan (kalantara), pupus puyang utawi kunci, dipun rajang lêmbat kawêwahan cambah utawi thokolan kacang ijêm dipun kumbah rêsik kaêtus. Bumbunipun: bawang, kêncur, lombok, trasi, sarêm, gêndhis dipun ulêg lan klapa parudan lajêng dipun carub kalihan rajangan gêgodhongan wau. Raosipun sêgêr tur sêdhêp.

Wara: Darinah, alias: Pa Sudira

--- 83 ---

Bab Rikma

Tumraping wanita, rikma punika dados satunggiling rêrêngganing sarira ingkang baku, jalaran saking anggèning kawigatosakên wau, ngantos sawarnining bôngsa sami botên nyêpênakên tindak ngrêrêngga rikma.

[Grafik]

Ing jaman dasanan taun kapêngkêr, umumipun, para wanita sami ngingah rikma, dene pangrêngganipun dipun wastani gêlung. Ingkang sampun kêlimrah, tumraping bôngsa Eropah gêlungipun winangun warni-warni, nanging sajatosipun sanès gêlung, lugunipun namung kapetang amangun tataning rambut, wontên ingkang kadamêl mêkruk, wontên ingkang nyumpêl wontên ing nginggil, tuwin sanès-sanèsipun, sami tanpa lisahan.

Tumrap bôngsa Jêpan, gêlungipun kaduk sunggaran, winêwahan pamangun sanèsipun, lajêng mujudakên sajak sarwa kêndho, manawi kangge lumampah katingal mêntul-mêntul.

Tumrap bôngsa Tionghwa totok, têtêp ingkang dipun wastani gêlung kondhe, anggènipun lisahan kêlicit, ngantos botên wontên ingkang nyrêdig, bêbasan lalêr mencok kêplèsèt. Gêlungipun mèpèt sae sangêt. Limrahipun dipun wastani: nyucur (kados cucur).

Tumrap bôngsa Jawi, pangrêngganing rambut dipun wastani gêlung, pinanggih warni-warni, kados ta: gêlung têkuk, kondhe, gondhèl, tuwin sanès-sanèsipun, sami lisahan.

Dangu-dangu babagan rikma wau lajêng ewah, tumrap bôngsa Eropah lajêng sami papalan, saha lajêng dipun wangun warni-warni miturut dhêdhasaring rambut, wontên ingkang [ing...]

--- 84 ---

[...kang] bêlah mukak, ponèn, brintikan, malah wontên ingkang gimbalan.

Bab papalan punika lajêng kêlimrah sangêt, saha tumular dhatêng sanès-sanès bôngsa, dumugining bôngsa Jawi pisan, tumrap lare tuwin sanginggiling lare sami rêmên papalan, malah para sêpuh upami botêna kapênggak ing èngêt, bokmanawi inggih wontên ingkang klayu tumut papalan.

Ing sapunika ing Eropah tuwuh gagrak enggal mangun rikma kados gêlung mawi cundhuk sêkar (gambar ing têngah), sagêd ugi dangu-dangu tumular dados jalamprah malih.

Sinjang Anam Kepang

Sinjang anam kepang punika sairip kalihan sinjang galaran, sami bangsaning lataran, kêgolong latar pêthak.

[Grafik]

Tumrap sinjang anam kepang punika kêgolong sêratan gampil, nanging kêdah titi, awit manawi ngantos dhompo, lajêng pinanggih saru, saya manawi dhomponipun dhawah ing bokong, punika sakalangkung saru, pantêsipun lajêng botên dipun angge.

Sinjang bangsaning latar-lataran kados makatên wau kêgolong anggitan enggal, limrahipun wontên ing padagangan sinjang sagêd madolakên, saya tumraping sinjang ingkang mawi pulas, kados sinjang Pakalongan, dhêdhasar wau sagêd angindhakakên saening sêratanipun.

Panyêrating sinjang kados makatên punika tumrap ingkang dèrèng cêtha dhatêng tatananing nyêrat, tamtu amastani dangu, awit ing dalêm sakothakan kemawon, isi wolung lêr, dados panyorèkipun kêdah wolung rambahan. Nanging nyatanipun mênggah panyêrat, ngangge canthing carat kalih, (ingkang acucuk kalih), dados panyêratipun namung kawan lêran. Makatên malih sarèhning montênipun sampun garisan, panyêratipun sagêd salampah têrusan kemawon, êlêt sagodhag.

Sinjang anam kepang punika pantês dipun agêm ing putri. Manawi kalêrêsan soganipun, sagêd kagêm ngantos lami.

--- [653] ---

Ôngka 43, Stu, Pn, 28 Mulud, Jimawal 1869, 28 Mèi 1938, Taun XIII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt - Paboyongan ing Pêngaron, Borneo sisih kidul ingkang wiwitan - Adêging Kabudidayan Dhèli sampun 75 taun - Marsudi Gêndhing Jawi - Garêbêg Mulud ing Surakarta - Utaminipun Lare Èstri Nyambutdamêl - Cangkriman Volksalmanak - Kabar Warni-Warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Pangungsêt

Kasarasan

Bêgja-bêgjaning tiyang gêsang punika manawi pinaringan sêgêr kasarasan, mila tiyang punika prêlu jêjampi. Mênggah jampi wau warni-warni ingkang kêdah cocog kalihan sêsakitipun, têgêsipun ingkang sagêd ngêndhih. Pinanggihing tiyang ingkang saras badanipun, punika sagêd nênuntun dhatêng kaconggahing manah dhatêng babagan punapa kemawon.

Nanging manawi dipun manah malih, mênggahing tiyang ugi taksih ambêtahakên kasarasaning batos, malah manawi dipun manah lêbêt, kasarasan batos wau ingkang wajib dipun cakêtakên, awit sami-sami sêsakit, sêsakit batos punika langkung awon pinanggihipun, pasaksènipun makatên, tumraping tiyang sakit lair, inggih punika sêsakit ingkang dipun wastani limrah, nandhang tatu, bêntèr tuwin sanès-sanèsipun, punika manawi sangêt, malah nuwuhakên wêlasing tiyang sanès. Balik sêsakit batos, dèrèng sangêt kemawon sampun dipun sirik ing tiyang.

Sayêktosipun ingkang dipun wastani sêsakit batos wau, ingkang adhakan dipun sumêrêpi ing sanès, tiyang ingkang wêwatêkanipun awon, sintên tiyang ingkang purun momoran tiyang ingkang awon wêwatêkanipun, kajawi tiyang ingkang nunggil wêwatêkan.

Manawi dipun jajagi lêbêtipun, batos punika pancèn kêbak sêsakit, manawi dipun papras punika, thukul punika. Têrangipun makatên:

Tiyang ingkang nêdya anjampèni sêsakit ing batosipun, punika nama sampun satunggiling ganjaran, awit sampun kêthukulan wiji nêdya saras. Ingkang adhakan piyambak, lajêng mêjahi sawarnining kamurkan, upaminipun ngicali wêwatêkan awon wau. Manawi sampun kalampahan makatên, inggih lajêng kêtuwuhan sakit sanès, inggih punika anggènipun ngrumaosi dhatêng kasaenanipun. Manawi sampun sagêd sumingkir saking bab punika, tamtunipun lajêng ngrumaosi ingkang lêrês piyambak. Inggih manawi sampun dumugi panganggêp lêrês wau ingkang lajêng mêgah-mêgahakên, sampun botên kenging dipun jampèni malih, kajawi manawi saras saking kêbukaning manah.

Cêkruktruna.

--- 654 ---

Paboyongan ing Pêngaron, Borneo sisih kidul ingkang wiwitan.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 42.

Kampung ing ngriku wau cacah jiwanipun kirang langkung namung wolung atusan, pangupajiwanipun bêbêrah sarta dagang. Malah kathah ingkang gadhah kêbon karèt.

Enjingipun tanggal 3 April, kula wiwit matêrpas margi, sarêng sampun rampung kula lajêng sagêd nyumêrêpi inggilipun margi wau wontên 17% hèlêng. Kula lajêng prentah dhatêng mandhor supados dipun dhudhuk malih ngantos 15% hèlêng. Punika sampun ragi cêkap kangge lampahing oto wontên ing ngriku.

[Grafik]

Margi ing tanah parêdèn ing Pêngaron, Martapura.

Jam 2 siyang tuwan kontrolir Martapura sarta asistèn kyai rawuh, kula lajêng dipun dhawuhi andhèrèk dhatêng papan paboyongan malih, prêlu nampèni dhawuh padamêlan. Pangandikanipun, kula supados ngukur siti ing ngriku sarta têrus kabagi kangge têtiyang boyongan, sabên tiyang tampi bageyan 2 ha, namung siti ingkang ngèrèng-èrèng supados botên kabagi, nanging ugi kaparingakên dhatêng tiyang, botên tumut kaetang bagiyanipun, dados kabêgjanipun ingkang angsal. Sarêng sampun rampung dhawuhipun lajêng sami kondur, kula ugi andhèrèk, numpak otonipun, jam 4 sontên nêmbe dumugi ing Mêngkauk.

Enjingipun tanggal 4 April, jam 6 enjing kula sampun bidhal saking Mêngkauk dhatêng siti paboyongan, prêlu ngukur siti wau sarta damêl bageyan tiyang satunggal-tunggalipun. Jam 10 siyang tuwan kontrolir ugi rawuh ing ngriku malih. Andangu dhatêng kula: sadintên sagêd angsal pintên bagiyan. Kula matur: kathah-kathahipun 4 bageyan. Utawi 8 ha, jam 3 kula wangsul dhatêng Mêngkauk. Sabên dintênipun kula wongsal-wangsul dhatêng Mêngkauk. Sarêng tanggal 7 kula lajêng pindhah dhatêng panggenan siti paboyongan, manggèn ing los wau. Awit kula manah-manah sayah sangêt, têbih saking padamêlan.

Wiwit kula pindhah saking dhusun Mêngakuk dhatêng panggenan siti paboyongan, ingkang tumut manggèn ing ngriku kathah, watawis tiyang 50, dene kula sabên dintênipun ngangge kuli kangge ukur 26, tumrap tiyang-tiyang wau sami nyambutdamêl margi tuwin krêtêg. Tanggal 9 April, dhatêng malih tukang-tukang kajêng ingkang badhe anggarap griya asistenan, watawis wontên tukang 10, awit griya asistenan wau kêdah tumuntên rampung. Siti paboyongan ing ngriku punika sadaya parêdèn, ing têngah-têngah wontên lèpènipun alit nama Sungipêlikin, sitinipun katingal sae, sadaya parêdèn, awis sangêt kêkajêngan

--- 655 ---

[Iklan]

ingkang kathah kambêngan. Samôngsa kabêngan wau sampun kabêsmi lajêng kabucalan, lajêng katanêman, punika subur sangêt, kadosdene bôngsa Jawi ingkang sampun lami manggèn ing cêlakipun ngriku, pamêdalipun sae sangêt. Punika kenging kangge tuladha dhatêng tiyang-tiyang boyongan ingkang nêmbe dhatêng. Sarêng anggèn kula nyambutdamêl sampun 7 dintên kula etang sampun angsal 1 km², mêsthi pun kabage tiyang 50, ing wusana namung sagêd kabage tiyang 40, dados racak tiyang 1 nampi bageyan 2½ ha. Ing tanggal 11 April, ing ngriku dipun wontênakên wilujêngan, mragad lêmbu 2, lan menda 2, dene ingkang ngrawuhi tuwan-tuwan asistèn residhèn Banjarmasin, kontrolir Martapura, pangagêng sèndhêng Banjarmasin, sarta priyantun B.B. ing Martapura. Lan kapala kampung ondêr dhistrik Pêngaron sadaya. Sarêng watawis jam 2 wontên utusan, kula dipun timbali tuwan asistèn residhèn, kadhawuhan ambêkta gambar pisan. Ing wusana andangu bab padamêlan, sarta mriksani gambar kar ingkang kula damêl. Gêla sangêt dene kula lajêng botên sagêd mirêngakên sêsorahipun tuwan asistèn residhèn. Nanging saking pangandikanipun asistèn kyai sêsorahipun tuwan asistèn residhèn, namung kangge pambikakan siti kolonisasi wau. Jam 3 sadaya sami kondur.

R.S. Citra Kusuma,

Kêrtakbaruwèh 60

Banjarmasin.

--- [656] ---

[Grafik]

Gambar nginggil: tuwan residhèn (sisih kiwa) lan tuwan burgêrmistêr (têngên) nuju mêdharsabda. Têngah: Sri Sultan ing Langkat lan gambar bundêr Sri Sultan ing Dhèli nuju andèkèk gêgubahan sêkar wontên ing papan pèngêtan (umbul Nienhuys). Ngadhap kiwa: Tuwan Visser, Hoofdadministrateur Deli-Maatschappij nuju mêdharsabda.

Adêging Kabudidayan Dhèli sampun 75 taun.

Miturut kawontênan ing kala rumiyin, pamêndhêting kuli-kuli ingkang sami nyambutdamêl ing ngriku, mawi sarana patrap pangrimuk, mila panampinipun têtiyang kathah, lajêng gadhah pandakwa, tiyang dados kuli dhatêng Dhèli punika kenging kabasakakên malêbêt ing bêbaya. Limrahing pitêmbungan dipun wastani: malêbêt Dhèli. Tuwin kala jaman kawan dasanan taun sapriki ing Surakarta wontên têmbung pêprênesan: Dhèli, ingkang têgêsipun ngapusi, upaminipun makatên, wontên tiyang ajak-ajak [ajak-aja...]

--- [657] ---

[...k] punapa kemawon, punika ingkang dipun ajak mangsuli: dhèli: apa. Punika kajêngipun: unimu iku goroh, kaya patrape wong miluta nglêbokake uwong nyang Dhèli.

[Grafik]

Untabing têtiyang wontên ing sakubêngipun papan pèngêtan umbul toya.

Dangu-dangu bab kawontênan ing Dhèli wau lajêng kasumêrêpan ing umum ing bab misuwuring saenipun, inggih punika Dhèli punika panggenaning kabudidayan-kabudidayan sata tuwin sanès-sanèsipun ingkang agêng-agêng, ing ngriku panggenaning arta, malah wontên ingkang maribasakakên: nagari dholar. Dados lajêng cêtha bilih lohjinawi.

Ing wulan Mèi punika adêging kabudidayan ing Dhèli sampun 75 taun, ing ngriku dipun wontênakên pahargyan agêng-agêngan, ingkang dipun adani dening para tuwan-tuwan kabudidayan. Miturut katrangan, ingkang cikal bakal, inggih punika ingkang pados pasitèn ingkang sakawit badhe dipun tanêmi sata, Tuwan Nienhuys, ing diwasanipun ing Dhèli salaladanipun lajêng dados gêmah raharja saha misuwur.

Kala dhawahing dintên pahargyan wau para tuwan-tuwan tuwin nyonyah-nyonyah sami mangangge cara kina ing jaman 75 taun kêpêngkêr, numpak têtumpakan ingkang sarwa prasaja, grobag sapanunggilanipun, para jalêr sami mangangge jas tutup, dalah pasugatanipun inggih cara kina, inggih punika sêkul gorèng, unjuk-unjukanipun bir. Rikala punika pambikaking pahargyan mawi dipun purwani wêdharsabdanipun tuwan residhèn tuwin burgêmistêr.

--- 658 ---

Kagunan Jawi

Marsudi gêndhing Jawi

Sambêtipun Kajawèn nomêr 40

Ananging asring kemawon para pakêmpalan nabuh pradôngga, manawi dipun suwuni tulung nabuh gôngsa wontên papanipun sadhèrèk warganipun gadhah damêl mantu, sarêng pangantèn kapanggihakên, bibar panggih, pangantèn dipun gandhèngakên, kônca nabuh pradôngga dipun suwuni gêndhing ladrang pangantèn, ingkang kathah lajêng bibrah, jalaran saking botên dipun sinau. Amargi nalika sinau, ingkang dipun rêmêni namung gêndhing prênesan, utawi gêndhing ingkang kenging dipun gerongi. Mila ing ngriki kula andamêl nut ladraladrang. pangantèn.

Gd. Ladrang pangantèn. Lr. sl. pt. 6.

[NOTASI]

Prêlu kula têrangakên, sadaya gêndhing ingkang kênong 3 lajêng kênong sakawan, sarêng kalayan gong. Punika dipun wastani gêndhing ladrangan, gêndhing ladrang pangantèn punika ugi gêndhing ladrangan, sabên mungêl kênong kaping 3 lajêng gong.

Dene nut ladrang pangantèn wau, kênongipun kula urutakên ngantos dumugi ôngka 22 (XX) namung kangge nêrangakên, yèn kangge sinau sêsarêngan, punika asring wontên salah satunggalipun sadhèrèk, salêbêtipun sinau nabuh: kalayan takèn (iki têkan ngindingêndi. ênggone nabuh iki).

Manawi kênongipun wontên urutipun ôngka, lajêng kantun mastani: dumugi ôngka... samantên.

Lagu macapat Kinanthi, ingkang asring kangge gerong utawi sindhenan, kagêm apilan, prêlunipun sagêd sami pakêcapan saha têtêmbunganipun, sampun ngantos gerongipun anggêga kajêngipun piyambak-piyambak.

--- 659 ---

[Iklan]

1. kang titis panabuhipun / ririh arampak waradin / rêbaban nyadari ngangkang / pamathête dhèmês wasis / ngalêlêr ngês wilêtira / lakune kosok lêstari //

2. kêndhang tètèh anarunthung / swarane lin-sumalin / jêjêg ajêg wiramanya / gêndèr gumlêndhêng-gumlêndhing / nyupak sumruwung bumbungnya / gambang glêbêg banyu mili //

Badhe kasambêtan.

R. Ng. Pringga Ardana.

Nglêrêsakên.

Ing pungkasaning wawasan kula ''wiraosan sêrat'' (ing Kajawèn ôngka 38) wontên ingkang pêrlu kula lêrêsakên, inggih punika ing pratelaning Bausastra ingkang mungêl:

''1: C.T. Winter Sr. : Sêrat isi ect.'' Punika kawaosa makatên:

''1: C.F. Winter Sr. : Sêrat isi têmbung Kawi mawi têgêsipun.''

Wondene ingkang nanggêl jawaban lêrês lêpating panyêratipun têmbung ''sêrat'' (mawi layaran) punika mêsthinipun inggih swargi ingkang mangripta piyambak, dede kula.

Lêpating panyêrat sanèsipun ing wawasan kula wau (Kajawèn ôngka 36 lan 37). Kados ta ''alle'' dados ''als'' etc. mêsthinipun para maos ing batos sampun anglêrêsakên piyambak, botên pêrlu kula pratelakakên.

Batawi, 5 Mèi 1938.

Kandhiyur.

--- [660] ---

Garêbêg Mulud ing Surakarta.

Kados para maos sampun botên kêkilapan dhatêng kawontênaning garêbêg Mulud ing Surakarta, mila ing ngriki prêlu namung ngêwrat gambar-gambaripun.

[Grafik]

Ing nginggil sisih kiwa: gapura Masjid Agêng Surakarta. Nginggil sisih têngên: tuwan gupêrnur tuwin pêpatih dalêm, punapadene para bupati, para tuwan-tuwan, sami wontên ing pagêlaran.

[Grafik]

Gambar têngah: pêpatih dalêm tuwin para bupati nayaka badhe ngêpang ajad dalêm dhatêng Masjid Agêng. Ngandhap: K.G.P.A.A. Mangkunagara, badhe sowan garêbêg.

--- [661] ---

[Grafik]

Garêbêg Mulud ing Ngayogyakarta.

Gambar bundêr: Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan mariksani galadhirêsik.

Nginggil kiwa: Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan jêngkar siniwaka saking sitinggil.

Sisih kiwa ngandhap: gunungan èstri. Ingkang têngên ngandhap: papan barising para abdi dalêm prajurit.

--- 662 ---

Rêmbagipun Garèng+Petruk

Utaminipun lare èstri nyambutdamêl.

IV.

Garèng : Wah, sêmune kowe wis rumasa êmbèk têmênan rêmbugan karo aku ing bab alakirabi kuwi. Hla wong aku kathik kok ajak dhebat-dhebatan prakara alakirabi, ha iya masa mênanga kowe, Truk, apa kowe ora kulak wêrta adol prungon, yèn aku iki pancèn wis bôngsa ahli... rabi. Gumunku kuwi sing gawe nutupi isine le kalah padon ngèlmu karo aku, kathik muni: alakirabi iki prakara gawat, Kang Garèng. ambok muni bae mangkene: sampun tobat bêndara kalih sampeyan, dhu - wa - lo - lo - lo - e.

Petruk : Wayah, iki ana gêndhingan kathik dicampur adhuk wani mêngkono. Wèh, watake Kang Garèng iki kathik ora malih-malih anggone moh kalah, malah kêna diunèkake saya tuwa ora saya mari, jêbul malah saya ambabrak.

Garèng : Toblas, apa aku iki gudhigên utawa kadhasên, kathik diunèkake: ambabrak. Ora, Truk, mara têrangna, sabab-sababe apa, dene kowe ing ngarêp anglairake panêmumu: ora pati cocog anane para wanita nyambutgawe ana ing kantoran kuwi.

Petruk : Wah, sabab-sababe iki pirang-pirang bangêt, Kang Garèng. Kang nomêr siji: wong wadon banjur akèh sing nyêbal karo unèn-unèn kuna, yaiku: ora dadi bêbaune wong lanang, nanging malah dadi mungsuh, Kang Garèng.

Garèng : Ma-tik aku, bundhêl pikiranaku, Truk, ana wong wadon nyambutgawe kantoran, kathik diunèkake mungsuh. Nèk aku malah kosokbaline, Truk. Ing kantoran kuwi nèk ana punggawane wadon, wah, rêja, Truk. Kang kapisan: sing dadi panggêdhe, saka kêna dayaning punggawa wanita mau, luwih-luwih yèn malèsdrèng, Truk, mêsthi banjur rikuh arêp brigah-brigih utawa kasar, sabab yèn nganti disêngol mêsthi kalang-kabut panggalihe, apa manèh yèn nganti dpleroki, mêsthi... sêtêngah mati. Bathine sapa iki, rak ya punggawa umume, ta. Mara, apa iya ala saikine, anane wanita nyambutgawe kantoran.

Petruk : Iya nèk kêtanggor sèp kantor sing kaya kok kandhakake kuwi mau, sing bisa nyilakani wong lanang têmênan. Iki wiwit nampane punggawa anyar. Kok ana bukakan pagaweyan, sing nglamar wong loro, siji lanang siji wadon [wa...]

--- 663 ---

[...don] upamane. Panggêdhe sing kaya ngono mau, sing dipilih iya banjur dudu: dhuwuring dhêklomane utawa katêmênane, nanging kapintêrane... pupuran lamatan, Kang Garèng. Dene yèn wis ditômpa, wah, bisa ambubrah-bubrahake artikêl. Nèk kabênêran anggêre mèsême dêrês bae, bisa ngalah-alahake kônca-kancane punggawa lanang sing wis lawas dhinêse, sadhela bae bisa dadi... komis, Kang Garèng.

[Grafik]

Garèng : Kuwi rak nèk kowe sing dadi panggêdhe. Masa iya, ana panggêdhe kathik sajak... cluthak mêngkono. Nèk dadi panggêdhe kuwi tumrape jaman saiki, mêsthi adil, ora ambedak-bedakake lanang lan wadon, kulit sing kaya kèju, utawa sing kaya sawo mênilah, sapa sing pintêr lan sing têmên, yakuwi sing mundhak pangkate lan munggah blanjane. Ana ngaran-arani sèp sing ora mèmpêr-mèmpêr mêngkono. Nèk aku isih têtêp panêmuku: ing sajêroning kantor ana punggawane wadon kuwi, mundhak rêjane, sabab prakara ambon-ambon ing sajêroning kantor kono, mêsthine iya ora lêcit utawa kêcut, nanging: srêbêt: minyak dhepiniyah, sriwing: koti, sêndêlup - yèn lagi padha pilêg, Truk - mêsthi banjir dhoklonyo. Banjur luwih untung manèh kanggone punggawa lanang, apa manèh yèn rada disobat karo punggawa wadon mau, lumrahe sok kêrêp bisa anggayêmi, Truk. Awit punggawa wadon kuwi sing akèh sok padha kêmil Truk, nèk nyang kantor sok sangu: coklat, bon-bon, opyês, lan sapadhane. Wah, punggawa lanang sok diuncali, Truk, mara, sajêroning kantor apa ora rêja iki arane.

Petruk : Ana sing dikandhakake têka mung butuhe dhewe bae. Sing ing ngarêp tak arani: bocah wadon nyambutgawe nyêbal nyang unèn-unèn kuna, yaiku ora dadi bêbaune wong lanang, nanging malah dadi mungsuh, kuwi mangkene: Idham-idhamane wong wadon ing jaman biyèn kuwi: supaya enggala laki. Saiki akèh sing idham-idhamane: yèn gêdhe aku arêp nyambutgawe. Nèk dipikir dawa, idham-idhaman loro kiyi, karêpe, wah, wis ngrujak sêntul bangêt. Sing dhisik karêpe: supaya enggala diwêngku ing priya. Iki atêgês: angarêpake bangêt dadi bêbaune priya. Sing kapindho, bêsuk aku arêp nyambutgawe, kuwi karêpe: aku arêp golèk pangan dhewe, arêp urip dhewe, iki atêgês: nyang wong lanang: tidhak mau tahu. Lan bokmanawa iki nganggo ana buntute dawa magkene: sabab, wong lanang kuwi sok siyasiya, [siya...]

--- 664 ---

[...siya,] sok sawiyah-wiyah, sok sawênang-wênang nyang wong wadon, ensopurut. Dadi ing idham-idhamane: supaya enggal laki, wiwit cilik bocah wadon prasaksat kayadene diwulang: dikon mèlu nyang wong lanang, dikon sêtiyar, bêkti, dikon trêsna nyang wong lanang. Mara, dadi wiwit cilik wulangane bocah wadon, dikon dadi bêbau lan mitrane wong lanang. Seje karo idham-idhaman kang ôngka loro, wiwit cilik kayadene banjur diwulang: dikon ngeling-eling: ambêgsiyane wong lanang, anggone dhêmên sawiyah-wiyah, sawênang-wênang lan sapadhane, dadi kayadene dikon mungsuh nyang wong lanang, mulane barêng gêdhe, sabisa-bisa arêp mungsuh, arêp ngongkurèn, aliyas arêp ngêjori nyang wong lanang. Wong lanang sinau ika iki, wong wadon moh kalah, wong lanang sêporêt, tènis, bèdminton, lan sapadhane, wong wadon iya moh kalah. Wong lanang plêsir-plêsir bêngi, wong wadon iya moh kalah....

Garèng : Wayah, apa wong wadon bangsane sing sok dhêmên ngajak ora agama kae, ana wong lanang pêlêsir-pêlêsir ing wayah bêngi, kathik moh kalah, nanging malah arêp ngêjori.

Petruk : Lho, kuwi aku mung arêp ngandhakake bukti-bukti anggone wong wadon sajak arêp mungsuh têrus-têrusan karo wong lanang. Dene yèn banjur wis mratah wong wadon moh kalah ing sakabèh-kabèhe karo wong lanang, aku banjur nyandhak sabab kang ôngka loro anggonku ora cocog anane wong wadon padha nyambutgawe, yaiku: saya ngundhakake cacahe wong angguran.

Garèng : Wèh, hla saya bubar pikiranaku, Truk. Ana wanita padha nyambutgawe kathik diunèkake ngundhakake cacahe wong angguran.

Petruk : Lho, aku mau rak wis kôndha: idham-idhamane bocah wadon ing bêsuk kêpengin nyambutgawe, kang atêgês: ora arêp laki, sabab wong lanang mêngkene, wong lanang mêngkana. Saya akèh bocah wadon padha nyambutgawe, saya akèh pagaweyan-pagaweyan sing maune ditindakake wong lanang saikine banjur ditindakake wong wadon. Iki atêgês: wong wadon sing maune uripe nunut wong lanang, banjur akèh sing urip mandhirèng dhewe sabab bisa nyambutgawe mau. Kosokbaline, wong lanang akèh sing pagaweyane dirêbut nyang wong wadon mau, kang sabanjure dadi panji klanthung. Mara, apa ora saya mundhak cacahe wong angguran.

Garèng : Yèn dijorake mêngkono, suwe-suwene mêsthi bakal ditata bêcik. Upamane bae nagara banjur nganakake wèt anyar, kang amarêngake wong kaya kowe aku iki di... sêlir bêndara komis wadon.

Wara-wara

Ngaturi uninga, sawarnining karangan ingkang kapacak ing Kajawèn, punika ingkang angsal pituwas namung tumrap ingkang sampun sarêmbag kalihan redhaksi ing sadèrèngipun.

--- 665 ---

CANGKRIMAN VOLKSALMANAK

(Sambêtipun Kajawèn No. 42)

169e -- Prijs -- Doesah p/a Badoe Amat, guru kepala sekolah negeri, Lagan, Punggasan, Balai Selasa (S.W.K) -- '' -- 5,-

170e -- '' -- Noer Asni Moechtar, leerling H.I.S. Lahat, Palembang -- '' -- 5,-

171e -- '' -- Raden Agoes, Particulier, Astana-garib, Kanoman, Cheribon -- '' -- 5,-

172e -- '' -- Salim, werkm. A.S.S. No. 228, Blok-Bengkel, Sigli -- '' -- 5,-

173e -- '' -- R. Poesposoegondho, Klerk S.S. Inspectiekantoor IV, Kranji, Purwakerto -- '' -- 5,-

174e -- '' -- Mas Roro Roekminiwati p/a Mas Soeparto, Wedono district Sukopuro, Probolinggo SS/OL -- F -- 5,-

175e -- '' -- H.M. Masjkoeri, Drukkerij, Kudus -- '' -- 5,-

176e -- '' -- Darianus Loemban Tobing, Douane Personeel, Selatpanjang -- '' -- 5,-

177e -- '' -- Asnawi p/a kantoor Kiai Tandjoeng, Kandangan (Borneo) -- '' -- 5,-

178e -- '' -- Ideris bin Hadji Tajib, toek, djait, Simpangkapuh, Jambi -- '' -- 5,-

179e -- '' -- Singokarjo, Petinggi, desa Sumberdanti Sukowono SS/OL -- '' -- 5,-

180e -- '' -- Anas p/a St. Djamaris handelaar, Sawah Lunto -- '' -- 5,-

181e -- '' -- R.A. Siti Soetarijah p/a Rijksbestuurder Jokjakarta -- '' -- 5,-

182e -- '' -- Mohamad Saleh, Schrijver B.B. Martapura (Borneo) -- '' -- 5,-

183e -- '' -- Mohd. Arif Effendi, Handelaar, kp. Sukaramai no. 918, Medan -- '' -- 5,-

184e -- '' -- Sitimaria H. Ali, berkebon, Toaja, Donggala -- '' -- 5,-

185e -- '' -- Sastrosoehodo, Schetter Pandhuis, Purwarejo -- '' -- 5,-

186e -- '' -- Iljas gl. Soetan Pamenan, mantri topograaf Herzieningsbrigade, Jagalan g 3a, Malang -- '' -- 5,-

187e -- '' -- R. Prawoto, Adj. Halte Chef S.S. Gempolkerep, Mojokerto -- '' -- 5,-

188e -- '' -- Hirlan, desa Sitimerto, onderdistr, Pagu, Gurah, Kedhiri -- '' -- 5,-

189e -- '' -- H. Abdoelkahar, Hulp filiaal V.E.D.A., tinggal didesa Kepedek, Kutawinangun -- '' -- 5,-

190e -- '' -- Mail, Mantri Opiumverkoopplaats, Mesue, Pangkalpinang -- '' -- 5,-

191e -- '' -- Moehammad bin H. Mohd. Arip Fadli, berladang, kamp. Parit, Sampit (Borneo) -- '' -- 5,-

192e -- '' -- Tjioe Tjioe Hie, Fabriek tjoe, tjap Sport, Pare-Pare (Celebes) -- '' -- 5,-

193e -- '' -- Djamin glr. Chatib Madjolelo, Kadli nikah negeri Tandikat, Lubuk-Aro, Sicincin, Kayutaman -- '' -- 5,-

194e -- '' -- Mohamad Tambi, Mantri voor de Belastingen, Tanjung Balai (Karimun) Riouwen O. -- '' -- 5,-

195e -- '' -- S. Siswosoekarto, Volksonderwijzer, Alasdowo, onderdistr. Dukuhseti, Taju -- '' -- 5,-

196e -- '' -- Ronopawiro, Ambachtsman Radio Zendstation Dayuh-Kolot, Bojongsong No. 91, Buahbatu, Bandhung -- '' -- 5,-

197e -- '' -- Siam p/a Karsoemadi, Jongos H.I.S., Pontianak -- '' -- 5,-

198e -- Prijs -- Idi Affandi, klerk kantoor Cacahjiwa (Gemeente) Bandhung -- '' -- 5,-

199e -- '' -- Soedjarto, Carik desa kl-Trijagan, distr. Bekanang, Solo -- '' -- 5,-

200e -- '' -- R. Oostenrijk, leerling 3e kl. A.M.S. afd. B, Jogjakarta -- '' -- 5,-

201e -- '' -- Dawood bin Ali Mansoor Soeratie, Asst. P.T.T. Ketapang Ardiguno 9, Surabaya -- '' -- 5,-

202e -- '' -- Emoet, Hoofdkantoor Boschwezen, Gang Kebonjae achter No. 55 - Buitenzorg -- '' -- 5,-

203e -- '' -- Tebba daeng Paroto, Mantri Opnemer 1e kula. b/d L.I. Landrenteafdeelingskantoor, Makasser -- '' -- 5,-

204e -- '' -- Tjia Hong Liang p/agêng Kantoor Liem Bian Siang, Handelaar, Kendari (Celebes) -- '' -- 5,-

205e -- '' -- R. Joesoef Sastrowidjaja, desa Ciawitali, onderdistr. Banjarsari, distr. Banjar, Banjasari -- '' -- 5,-

206e -- '' -- Kiagoes Abdulhamid, leerl. 2e Openb. H.I.S. Gang Cendol, Batavia-C -- '' -- 5,-

207e -- '' -- Egones Eberhard Engelb. Josph v. Jacobusz., cand. guru R.K. p/a Bella Jacobusz, R.K. Volksschool, di Ondong Siaoe, Oeloe Siaoe - Manado -- '' -- 5,-

208e -- '' -- Chifnie bin H. Moekmin Choesein p/a H. Ngali, Kauman, Kebumen -- '' -- 5,-

[Iklan]

--- 666 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

Jalaran kagèt adamêl tiwas. Satunggiling bong (juru nêtaki) ing dhusun Kalitanjung, nêtaki lare ing dhusun Gambarsari, Banyumas. Nalika bong wau sawêg badhe nêtaki, wontên tiyang ingkang ngungêlakên long, dipun wastani anggènipun nêtaki sampun rampung. Ing ngriku bong kagèt, lading magas wêwadosing lare, pagas kapisanan, andadosakên ing tiwasipun, drijinipun bong piyambak sakawan sami rantas, lajêng botên èngêt.

Ngayomi warak. Miturut wartos, Pakaryan Wana gadhah atur dhatêng Parentah, supados wana ing Ujung Kulon, Bantên, dipun tutup babarpisan, pêrlu kangge ngayomi warak ing wana ngriku. Ing bab punika sawêg dados rêmbagipun Directeur Economische Zaken tuwin pangagêng nagari ngriku, saha lajêng nêdha panimbang dhatêng Gupêrnur Jawi-Kilèn.

Manggih barang kina ing Sanggariti. Ing Batu, Malang, wontên candhinipun nama Sanggariti, adêging candhi wau kintên-kintên kala ing abad IX. Dangu-dangu candhi ing ngriku wau risak, saha lajêng dipun mulyakakên dening Pakaryan babagan Barang Kina. Ing nalika andandosi candhi wau amanggihakên pêthi sela tutupan. Pêthi-pêthi ingkang pinanggih wau sarêng kabikak isi barang-barang kina ingkang majaji, kintên-kintên barang pirantosing sêmbahyang tuwin sanès-sanèsipun, wontên ingkang mas punapa. Barang-barang wau lajêng kasimpên wontên ing pasimpênan barang-barang kina ing Bataviaasch Genootschap ing Bêtawi.

Walur dados padagangan. Ing ngajêng sampun nate kawartosakên, bilih bangsa Jêpan purun andagang walur, miturut wartos barang wau lajêng dipun angge glêpung ingkang dipun wastani Konyaku, glêpung wau kathah sangêt pigunanipun. Kala ing taun 1933 kintunan barang wau saking tanah Jawi wontên 212.732 kg, rêrêgèn f 17.000.-. Kala taun 1936 mindhak dados 1.940.745 kg, rêrêgèn f 135.650.-. Ing sapunika wontên wartos ing nagari Walandi ugi nindakakên cobèn-cobèn ngangge barang wau kangge wontên ing papan pamelikan arêng sela, pêrlu kangge ngrêsiki toya ingkang tilas kangge ngumbah arêng sela.

Lare dèrèng ngumur nindakakên kadurjanan. Pulisi ing Mr. Cornelis, mêntas nyêpêng lare nama Main, umur 13 taun, lare wau dados pangajênging durjana sanèsipun ingkang ugi lare-lare. Durjana alit-alit wau sampun nglampahi kadurjanan 15 rambahan sarana pangrisak.

Telegram dhatêng Raad Kawula. Nyarêngi dhawahing dintên pèngêtan adêging Raad Kawula sampun 20 taun, tampi pambagya wilujêng lumantar telegram saking tuwan-tuwan Koningsberger, Schumann, Neytzell de Wilde,. Meyer Ranneft, Prof. J.J. Schrieke tuwin Mr. Weyer.

Tampi tanda kangge kasênêngan. Pangajênging Stichting Centrale Vereeniging tot Bestrejding der Tuberculose tampi tanda bêbingah saking N.V. Telegraaf Maatschappij Radio Holland awarni pirantos panampi radio, supados kasukakakên dhatêng sanatorium tiyang sakit napas ing Sanggariti ingkang badhe kabikak.

Kadhêndha awrat jalaran pajêg. Pangadilan Landraad ing Salatiga mêntas ngrampungi prakawisipun bangsa Tionghwa nama Tuwan Tjioe Tjin Liang ing Têngaran, Salatiga, kadakwa prakawis nguntêt pambayaripun arta pajêg, ingkang lantaran saking anggènipun nglampahakên arta tuwin nyewakakên griya. Karampunganipun kadêndha f 2000.- utawi kakunjara 10 wulan.

Ngindhaki golongan B.B. Departement Pangrèhpraja mêntas ngusulakên wontên ngarsaning parêpatan ing ngarsa dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana bab amêwahi cacahing punggawa Pangrèhpraja ing taun 1939.

Pamulangan luhur Pangadilan. Lulus doctoral examen perangan kapisan, Tuwan Abdul Latief.

Kawontênaning rêdi-rêdi latu. Miturut palapuran, pikantukaning paniti rêdi-rêdi latu, rêdi-rêdi ingkang têrus ngêdalakên latu inggih punika rêdi Tangkuban Prau, Pêpandayan, Cêrêmai, dene ingkang dados pajagèn ngantos pintên-pintên panggenan, rêdi Kêlud, Lamongan tuwin kawah Ijèn. Tumrap tanah Sabrang rêdi Piek van Korintji tuwin rêdi Dukono, pulo Halmahera.

[Iklan]

Directeur Economische Zaken dhatêng Borneo. Benjing tanggal 31 wulan punika, directeur van Economische Zaken badhe dhatêng Borneo, dipun dhèrèkakên dening Dr. J.H. Becking, pangagêng Pakaryan Wana, Tuwan A. Luytjes pangagêng Têtanèn, Tuwan D.J.C. van der Peijl, consulent dagang ing Surabaya, pêrlu badhe papriksa kawontênanipun laladan Borneo.

Pakêmpalan Ngèsthi Harja. Ing Purwakêrto wontên pakêmpalaning para kêpala dhusun nama Ngèsthi Harja, ingkang sampun angsal rechtspersoon. Pakêmpalan wau mêntas ngawontênakên pêpanggihan ingkang mawi dipun paargya ing gangsa, manggèn ing kalurahan Kranji. Pakêmpalan wau pinanggih majêng.

Tanah ngriki badhe tumut ngêdali tentoonstelling ing New York. Miturut wartos, benjing tentoonstelling ing New York ing taun 1939, tumrap karajan Walandi badhe ngêdêgakên griya kangge pêrluning nagari Walandi tuwin tanah ngriki, dados sagriya. Tumrap ingkang gêgayutan kalihan tanah ngriki amujudakên kawontênanipun nagari Walandi gêgayutanipun kalihan tanah ngriki. Ugi ing ngriku ngatingalakên ing bab gêgayutanipun tanah ngriki ing bab padagangan.

Congrès Midpost. Congrès Midpost ingkang kaping pitu badhe kawontênakên ing Surabaya, dhawah tanggal 4 dumugi 6 Juni ngajêng punika. Ing pêpanggihan dalu manggèn ing Gêdhong Nasional Indonesia, salajêngipun manggèn ing Clubhuis gadhahanipun Midpost pang Surabaya. Hoofdbestuur Midpost punika manggèn ing Bandhung, nyêlaki kantor agêng Pakaryan Post.

Arta bayaran sêkolah ing Gemeente Bêtawi. Wontên wartos bilih panariking arta bayaran sêkolah Gemeente ing Gemeente Bêtawi badhe katindakakên sarana dipun purugi dhatêng griyaning tiyang sêpuhing lare dening punggawa Gemeente.

Kêmasan ing Bêtawi kêdah nêdha palilah. Sarèhning kawontênaning kêmasan punika gampil kêtuwuhan sabab bêbaya latu, ing sapunika wontên usul saking B. en W. dhatêng gemeenteraad supados manawi wontên tiyang badhe ngêdêgakên kêmasan kêdah nyuwun palilah rumiyin, dene ingkang sampun wontên supados lajêng lapur, kaparingan inah salêbêtipun tigang wulan.

Kaparêngakên nindakakên kadhoktêran. R. Soedarsono Mangoenhadikoesoemo kaparêngakên ambikak kadhoktêran wontên ing saindêngipun tanah ngriki.

Mas ing Soreang. Awit saking pangudinipun Dr. Philippi, sagêd manggihakên pasitèn ingkang wontên êmasipun ing Soreang, Priyangan, saha salajêngipun nyuwun palilah dhatêng ingkang wajib badhe pados mas wontên ing ngriku. Bab punika tumrap têtiyang ing Bojonghonje nyumêrêpi tindakipun Dr. Philippi nalika nindakakên cobèn-cobèn saha sagêd niru. Salajêngipun sami pados, sadintênipun ngantos wontên ingkang angsal ngantos rêrêgèn sarupiyah. Wusana bab punika lajêng dipun awisi. Têtiyang ing ngriku botên narimah, lajêng gadhah atur dhatêng ingkang bupati ing Bandhung.

--- 667 ---

[Iklan]

Têtiyang ingkang sami botên mulur manahipun. Pangadilan Landraad ing Surabaya mêntas ngrêmpungi prakawis rajapêjah, aluraning pakawis, wontên tiyang nama Sênari ing dhusun Kêrut, gadhah panêdha dhatêng anakipun nama Djen, supados dipun pêjahi, amagi sampun sêpuh saha sampun rêkaos anggèning pados têdha. Panêdhaning tiyang sêpuhipun ingkang makatên wau dipun pituruti, gulunipun lajêng dipun tangsuli singsêt wusana dumugi ing tiwas. Papriksan punika dèrèng sagêd rampung ngontosingêntosi. sanès dintên.

Kawigatosaning rêmbag ing Volkenbond. Volkenbond nayogyani dhatêng rêmbag ing bab anjêmbarakên paniti panggêsanganing rakyat, saya tumrap rakyat ing jajahan Asia. Têlênging pangudi babagan punika badhe kawontênakên ing Coonor, tanah Indhu. Ing bab punika, awit saking kaparênging Parentah, Dr. A.G. van Veen, pangagênging Chemische Afdeeling van Eykman Instituut ing Bêtawi, katêtêpakên dados warganing commissie panggêsangan rakyat saking Volkenboond, kaanggêp satunggiling tiyang ahli kawigatosan ing bab punika ing tanah ngriki.

Kweekschool ing Munthilan. Ing taun punika R.K. Centrale Kweekschool ing Munthilan ngawontênakên wulangan enggal mawi klas sami ingkang kaperang-perang, sagêd nampèni murid enggal 60.

Para murid Mulo ingkang badhe nêmpuh exsamen wêkasan ing Sêmarang. Miturut wartos para murid Mulo ing laladan Sêmarang, inggih punika kalêbêt Têgal, Pêkalongan, Salatiga tuwin Ambarawa, wontên 347, cacah samantên wau ingkang tumrap Sêmarang piyambak wontên 236. Examen schriftelijk sampun kalampahan tumindak wontên ing panggenanipun piyambak-piyambak, dene exsamenipun mondêling badhe sêsarêngan kawontênakên ing Sêmarang.

Pangeranpati Jaman. Miturut wartos, Pangeranpati Jaman ingkang dipun wartosakên dipun aturi mampir dhatêng tanah ngriki, punika wontên wartos ugi marêngakên.

Sês Eng Siong andhêsêk sês krètèk. Miturut wartos, kawontênaning sês krètèk ing laladan paresidhenan Kêdhu, pinanggih kêndho, jalaran kêdhêsêk saking pajênging sês Eng Siong wêdalan Kêbumèn.

Nyêpêng tiyang nêdya lampah awon. Pulisi ing Purwarêja andêngangi golonganing têtiyang ingkang nêdya nindakakên lampah kadurjanan agêng. Pangajênging golongan wau nama Tjipto lajêng kacêpêng.

Karisakan jalaran ombaking sagantên. Miturut wartos saking Donggala, Sèlèbês, ing laladan Parigi kêtêmpuh ing bêbaya inggahing ombak sagantên dhatêng pasisir, adamêl karisakan agêng. Ing Torilulu, wontên ombak sakalangkung agêng, ngantos malêbêt dhatêng nagari, wontên tiyang 8 ingkang ical larinipun, 3 ingkang sampun pinanggih mayitipun. Kêwan-kêwan tuwin klapa kathah ingkang kèli katut ombak. Ing antawising Toribulu dumugi Parigi wontên griya 450 sami ambruk 100 sami doyong.dhoyong. Ing sunglon Ampibabo ugi wontên ombak agêng. Ing Toboli tuwin ing Kêbonkope wontên jugrugan, kathah margi-margi ingkang mlêsêg. Kawat tilpun kathah ingkang pêdhot. Waterleiding ing Palu karisakan agêng. Margi saking Palu dhatêng Kulawi botên kenging kangge langkung. Miturut wartos saking Mênadho. Ing Rinombo ugi karisakan agêng. Lampahing ombak minggah ing pasisir Donggala ngantos 100 m, kathah griya ingkang sami ambruk. Residhèn ing Mênadho kanthi têtiyang ingkang badhe tumindak têtulung sampun bidhal dhatêng Tominibocht.

Pacobèn sêpur dalu. Ing salêbêtipun Sêkatèn, N.I.S. ngawontênakên cobèn-cobèn sêpur dalu, bidhal saking Ngayogya dhatêng Surakarta, bidhalipun saking Ngayogya jam 7 sontên, wangsulipun saking Surakarta jam 1 dalu. Pacobèn wau pinanggih marêmakên, têtiyang ingkang numpak kêbêk. Kintên-kintên ing taun ngajêng badhe nindakakên sêpur dalu kados makatên saking Ngayogya utawi saking Surakarta, pêrlu kangge nyadhiyani ingkang sami badhe ningali Sêkatèn dhatêng kalih nagari wau.

Toya leiding ing Cirêbon. Miturut papriksaning tiyang ahli, ing bab wontêning toya leiding enggal ing Cirêbon, botên pêrlu kagodog malah sampun kenging kaombe. Toya wau asli saking umbul ing Cipaniis, ing èrèng-èrènging rêdi Cêrimay. Toya punika kaangkah wontênipun ing Cirêbon badhe nyêkapi.

Bangsa Eropa ingkang rêmên tosan aji. Tuwan Gall, tilas consul Oostenrijk ingkang sapunika manggèn ing Surabaya, misuwur anggènipun rêmên dhatêng barang-barang bangsaning wêsi aji, dumuginipun sapunika anggèning nglêmpakakên barang-barang wau sampun langkung sèwu, awarni dhuwung, tumbak sasaminipun. Malah tuwan wau ing sapunika badhe damêl wilahan dhuwung kathah sangêt, mawi dipun dèkèki pamor sae.

Sata ing tanah karajan Jawi majêng. Miturut wartos, sata wêdalan tanah karajan Jawi ingkang dipun dhasarakên wontên ing Amstêrdam, pinanggih majêng. Ingkang kasade wontên 13.319 pak, rêginipun mindhak saking taksiran. Sata wau katingal dipun sênêngi dening bangsa ngamanca. Prancis tumbas 1900 pak, rêginipun tinimbang taksiran mindhak 30 dumugi 50%, Zwitserland mindhak 50 dumugi 100%. Tumrap nagari Walandi piyambak, Jêrman tuwin Bèlgie ugi sami tumbas.

Bab wontêning Literaire Faculteit. Ing ngajêng wontên wartos bilih ing Rechtshoogeschool ing Bêtawi badhe dipun wontên Literaire Faculteit, wusana lajêng botên saèstu. Bab punika ing sêmu taksih dados rêmbag, botên sagêd kalêbêt ing rantaman taun 1939, nanging sagêd ugi kalêbêt ing rantaman taun 1940.

EROPA

[Grafik]

Pirantos nyilêm gagrag enggal. Tuwan Galeazzi salah satunggiling insinyur ing nagari Itali sagêd damêl pirantos nyilêm ing dhasaring sagantên langkung lêbêt malih tinimbang kados ingkang sampun dipun damêl ing tiyang sanèsipun ingkang sampun wontên. Mriksanana gambar, juru silêm nalika badhe lumêbêt ing pirantos nyilêm wau.

--- 668 ---

Wêwaosan

I. Lêlampahanipun Wasili, anakipun Busli.

78

Sarêng mirêng pambêngokipun nêdha tulung para neneman ingkang sawêg kasêsêr ing pêrang wau, rencang èstri ingkang nêdya ngangsu toya kasêbut ing nginggil, sangêt ing wêlasipun. Sanalika punika èmbèr kalih ingkang badhe kangge ngangsu lajêng kabucal, saha enggal-enggal lumajêng mantuk. Dumugi ing ngriku piyambakipun tumuntên nuju dhatêng kamar pêtêng ingkang kangge nutup Wasili, tanganipun lajêng dipun kêpêl kangge anggêdhog-gêdhog kori ingkang agêng sarwi abêngok-bêngok makatên:

Tuwan, Tuwan Wasili, punapa panjênêngan sare, têka panjênêngan botên mirêng babarpisan suwara rame, inggih punika suwara pôncakaranipun andhahan panjênêngan kalihan para têtiyang ing Nopgorod. Punapa panjênêngan botên uninga mênggah kawontênanipun kitha ing samangke. Andhahan panjênêngan anggènipun pêrang campuh kalihan têtiyang Nopgorod sampun tigang jam dangnipun. Sirahing para mitra panjênêngan ing samangke sampun kêbak tatunipun, lan tanganipun ingkang godrès rah sami dipun balêbêt, andhahan panjênêngan wontên ing pundi-pundi panggenan tansah kasêsêr juritipun.

Pambêngokipun rencang èstri wau, adamêl kagètipun Wasili ingkang ing kala punika ing sêmu sawêg sakeca anggènipun tilêm. Sakala Wasili gregah tangi, dandos saha lajêng andêdêl kori ingkang kêkancing saking ing jawi wau, sadêdêlan kemawon, kori ingkang agêng sarta santosa wau, sampun sagêd jêbol. Sarana tanganipun, gêmbok tuwin palang pintên-pintên ingkang angancing kori wau, sagêd karisak ingkang anjalari kori lajêng sagêd mênga anjêblag. Kanthi agêrêng-gêrêng Wasili lajêng mêdal ing jawi, niyatipun nêdya ngupados palang tosan minôngka kangge dêdamêlipun, nanging namung sagêd amanggihakên indhêning rodha kareta, lajêng kapêndhêt sarta lumajêng sakiyatipun nuju dhatêng papan pôncakara wau. Saking katêbihan Wasili sampun mirêng suwaraning pêrang ingkang sakalangkung rame punika, kanthi sarosanipun Wasili ambêngoki andhahanipun ingkang sawêg sami pêrang campuh wau makatên:

He, mitra-mitraku kabèh, aja cilik atimu, aku kang têka. Aku ora pisan-pisan nêdya negakake nyang kowe kabèh, mungguh sanyatane aku iki ditutup ana ing kamar pêtêng dening ibuku, lan ana ing kono aku kêbanjur turu. Mitra-mitraku kang padha ambêg prawira, kowe kabèh saiki padha ngasoa, aku dhewe saikine kang bakal tumandang gawe. Wis, padha nisiha, supaya aku aja nganti kaliru, nêdya mêcah êndhase wong-wong Nopgorod, jêbul ngênani sirahmu.

Sakala punika Wasili ngobat-abitakên indhêning rodha kareta wau, sintên ingkang kataman ing indhêning rodha, mêsthi dhawah ing tiwas. Soroh amukipun Wasili ing kala punika botên wontên tiyang ingkang sagêd anadhahi, pêjahipun mêngsah sayêktos prasasat bêbadan pacing. Ingkang makatên punika adamêl girising têtiyang ing Nopgorod sadaya, salajêngipun têtiyang ingkang taksih wilujêng, sami salang-tunjang anggènipun ngupados gêsang. Sawênèh wontên ingkang lumajêng nuju dhatêng satunggiling kapandhitan, padununganipun: Ondranicu, satunggiling pandhita ingkang gagah prakosa lan agêng inggil, prêlu badhe minta sraya. Mênggah sayêktosipun pandhita Onranicu wau bapa angkatipun Wasili. Sasampunipun têtiyang wau sami atur pisungsung awujud: êmas, salaka, tuwin sêsotya dhatêng sang pandhita, lajêng sami umatur makatên:

Dhuh, sang pandhita, mugi krêsaa paring pitulungan dhatêng têtiyang ing Nopgorod sadaya. Manawi panjênêngan botên tumuntên andhawuhi putra angkat panjênêngan pun Wasili, sampun ngantos kalajêng-lajêng anggènipun soroh amuk, botên sande tiyang ing Nopgorod têmtu badhe tumpês sadaya.

Pandhita Ondranicu lajêng yandhak gada agêng, mêndhêt gêntha greja ingkang wawratipun kirang langkung sangang dasa kilo, ingkang lajêng kapanggul, saha lajêng mêdal ing jawi nuju dhatêng papan paprangan wau. Botên watawis dangu pun pandhita lajêng mirêng pajêritipun têtiyang ingkang sami kamigilan, saha sêsambatipun têtiyang ingkang sami nandhang tatu, tuwin pambêngokipun tiyang èstri sarta lare-lare. Nêpsunipun pun pandhita tanpa upami, sarêng nyumêrêpi tindaking anakipun angkat ingkang sakalangkung siya punika, sarta lajêng abêngok-bêngok makatên:

He, anakku, mandhêg-mandhêg, aja kok banjur-banjurake anggonmu mêmatèni wong kang tanpa dosa iki. Dene yèn kowe ora nurut apa pakonku, sida kalakon kowe tak ajar dhewe nganggo gadaku kiyi.

Badhe kasambêtan.

--- 85 ---

No. 22, 28 Mèi 1938 taun IX

TAMAN BOCAH

INGKANG NGÊMBANI: BU MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CENTRUM, RÊGANE SATAUN F 1.50 KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.

BOCAH KANG KURANG NGATI-ATI

Bocah-bocah, yèn kowe dipitaya momong ing wong tuwamu, ngêmong adhimu utawa kêponakanmu, poma sing ngati-ati, aja kaya Si Minah kang kacêtha ing gambar iki.

[Grafik]

Si Minah iku gawene momong adhine, yèn mbokne pinuju olah-olah, utawa umbah-umbah. Anuju sawijining dina mbokne pêrlu mênyang pasar. Sadurunge mangkat Si Minah dikandhani mangkene: ''Nduk, aku arêp nyang pasar sêdhela, adhimu êmongên, aja nganti nangis. Lela-lelanên nganti turu, dene yèn wis turu, turokna ing paturone, nanging aja minggir-minggir sing mênêngah bae, pinggire dialing-alingi guling lan kursi loro, jalaran si thole wis bisa mbrangkang, dadi nguwatiri yèn tiba. Yèn bocahe tangi, mangka aku durung têka, enggal dulangên, gilo iki bubure ing meja. Sabisa-bisa sasuwene adhimu turu, kowe nungganana ing sacêdhake, ''poma ya nggèr, aja kok tinggal suwe-suwe.''

Sawise calathu mangkono, êmbokne têrus budhal nyang pasar. Si Minah njupuk êmban-êmban, adhine diêmban, digawa mênyang latar karo dilela-lela. Yèn anggone nglela-lela mono wah, wis wasis bangêt, nganggo ditêmbangake Pucung barang lan dinyanyèkake lagu ''têrang bulan'' lan ''ès lilin'', ya sabisae kae.

Ora antara suwe adhine banjur turu. Dumadakan kancane dolan Si Minah, yaiku Si Paikêm liwat arêp golèk kinjêng kanggo pakan manuk. Saka kadohan undang-undang Si Minah mangkene: ''E, Nah, Nah, ayo milua golèk kinjêng.''

Wangsulane Si Minah: ''Golèk ing kêbonku kene bae, mêngko tak rewangi.''

Wangsulane Paikêm: ''Iya bêcik, yèn ing kene akèh.''

Minah mangsuli: ''Nanging aku arêp nurokake adhiku dhisik ya, dhèwèke wis turu.''

Minah nuli rêrikatan mlêbu ing omah, pêrlu nurokake adhine. Nanging sarwa kêsusu, diglèthakake ing paturone, nanging ing pinggir, tanpa dialing-alingi apa-apa. Dhèwèke lali nyang kandhane êmbokne, sêlak kêsusu arêp nêmoni kancane dolan. Enggal-enggal Minah mlayu mêtu, marani kancane, nuli padha apèk kinjêng bêbarêngan. Ketoke bocah loro mau sênêng bangêt, sadhela bae wis entuk sabumbung, anggone apèk saya adoh, saya adoh.

--- 86 ---

[Grafik]

Kocapa, barêng adhine Minah tangi, lingak-linguk ora ana wong, nuli mbrangkang arêp mudhun saka ambèn, banjur tiba. Si thole banjur njêrit saka kagèt lan larane, nangis sêru, nanging ora ana wong krungu. Barêng kira-kira wis saprapat jam anggone jêrit-jêrit, Minah krungu panjêrite, nyut, kèlingan adhine. Sapira kagète Si Minah, barêng diungak adhine wis ngglethak ing ngisor, karo nangis, rupane nganti biru. Adhine enggal dibopong, diênêng-ênêngi, nanging mêksa ora gêlêm lèrèn anggone nangis. Wah, Si Minah gêtun bangêt, dene ora nurut marang kandhane êmbokne, mung mêrlokake kasênêngane dhewe bae. Barêng mbokne têka, bocahe isih kamisêsêgên, nuli pitakon: ''Lho, Minah, apa adhimu ora kodulang, têka nganti nangis mêngkono.''

Wangsulane Minah karo nangis, sêmu gêtun: O, êmbok...êmbok...aku...sing luput...adhi...tiba,...tak...tinggal dolanan...karo Paikêm. Saiki aku ora arêp manèh...manèh êmbok!!!

B.M.

RUKUN AGAWE SANTOSA

(Sinom)

1. Ana sawiji wong desa / darbe suta kakang adhi / ananging bangêt susahnya / sabab anakira sami / padu sa-ari-ari / uripnya tan bisa rukun / kèh piwulange bapa / nanging nora migunani / malah ndadra nggènnya sami cêcongkrahan //

2. Nuju sawijining dina / bapa mau angundangi / anake kalih-kalihnya / nêdya arêp dèn tuturi / barêng wus sami prapti / yayahya aris cêlathu / sun duwe sapu sada / nggonku tuku anèng margi / bakal ingsun gawe nandhing rosanira //

3. Mara sapa ingkang bisa / mutung sapu sada iki / sun ganjar jaran sajuga / miwah lumbung kêbak pari / tumandang kakang adhi / gênti-gêntèn rêbut unggul / kringêt kongsi dleweran / nanging tan ana nguwisi / datan dangu samya nrima srah bongkokan //

4. Sang bapa mèsêm ngandika / ênggèr ingsun wis andugi / yèn sira nora kuwawa / nugêl sapu sada iki / mung yèn suh diuculi / mêsthi gampang nyoklèkipun / lugune upamanya / dhuh kulup awakmu kaki / mula sira dèn rukun dimèn santosa //

5. Manut ujare wong tuwa / pra guru tuwin pra wasis / rukun agawe santosa / yèn congkrah manggih bilahi / marma pitutur iki / nggèr lêbokna jroning kalbu / cikbèn idhupmu samya / nora nêmahi bilahi / dhuh sutaku rukuna lan kadangira //

Moch. Madijana, Têmanggung.

--- 87 ---

BIYUNGE SABAR, ANAK-ANAKE PADHA AMBANGUN-TURUT

[Grafik]

Gambar bèbèk kang ngêmong mêri-mêrnie ana ing pasaban iki dadi tandha kasabaraning biyung lan ambangun-turuting anak, uripe tansah padha nêmu kasênêngan.

GODHANING BOCAH SÊKOLAH

Wayah jam nêm sore diyan-diyan ing dalan apadene ing omah-omah wis padha murub. Ana bocah lanang jênêng Soehardi lagi lungguh ana ing ngarêp. Dhèwèke ketoke kêsêl bangêt. Ya mèmpêr, sabab mêntas badminton, tandhane dhèwèke isih nyêkêl racket. Soehardi iku bocah sêkolah Mulo lagi pangkat I. Dhèwèke sênêng bangêt marang kasênêngan, apa manèh marang muzik, nganti sok nglirwakake pasinaone.

''Thèng'' jam muni sêtêngah pitu Soehardi isih lungguh bae, mangka esuke dhèwèke ora libur. Barêng ndêlok jam, kagèt, wis sêtêngah pitu. Dhèwèke ngunandika: ''E, la, sesuk aku repetitie jare, mangka durung apa-apa.'' Têrus nyat lunga mênyang buri arêp adus.

Kira-kira jam 7 rampung têrus nyandhak tas arêp sinau. Durung suwe anggone sinau, krungu radhione distèl Hawainan. Sêdhela-sêdhela Hardi mandêg ngrungokake. Apa kang disinau ora pati mlêbu sabab pikirane ora tumuju marang apa kang disinau. Jam 9 dhèwèke têrus natani bukune karo muni: ''Sesuk aku tak tangi sing gasik arêp sinau manèh, ah mêsthi apale. Aku tak ngrungokake radhio dhisik. Jam 11 lagi mapan turu. Barêng esuk tangine kêrinan, olèhe dandan gugup, mulane ora bisa sinau dhisik. Ana ing dalan disambi sinau, nanging ya ora bisa mlêbu ing pikiran, dalane rame bangêt tur mung sêdhela. Kaya mêngkono tingkahe Soehardi jalaran malah ora sapisan iku bae, wis kaping-kaping. Mulane barêng tampa rapport ya akèh abange (onvoldoende). Tujune dudu rapoort pungkasan, mulane isih bisa ndandani. Soehardi dipituturi warna-warna dening bapane. Wiwit iku Soehardi banjur srêgêp sinau. Barêng unggah-unggahan, dhèwèke iya banjur munggah pangkat, andadèkake sênênging wong tuwane.

Sadulur-sadulurku kabèh sing isih padha nggayuh marang kapintêran, ora liya pamujiku sing padha eling olèhe padha sênêng-sênêng. Elinga marang pasinaonmu, sabab kapintêran iku minangka sanguning ngaurip. Elinga rêkasane wong tuwamu mung kanggo mragadi kowe, bisaa dadi wong kang bêcik.

Froggie, Purbolinggo.

SARU

Ana wong mêdhayoh nganti suwe ora lunga-lunga, amarga pancèn ngêntèni suguhan. Barêng disuguh anggone mangan nganti kuwarêgên, jalaran apa sing diadhêp diêntèkake. Nalika sing duwe omah lagi mlêbu ngomah nyingkirake piring-piringe, dayoh mau wêruh ana keceran dhêle siji, dijupuk, banjur diêmplok. Durung nganti dimamah, sing duwe omah wis mêtu manèh, lan wêruh yèn dhayohe ngêmut dhêle. Sêtêngah rada ngguyu karo calathu ehtok-ethokke kelangan: ''Lho, ali-aliku matane kok ilang. Dhayohe kuwatir, mêngko gèk diarani sing diêmut iku mata ali-aline. Mulane kêpêksa ngêtokake mut-mutane karo calathu: ''Punika namung dhêle lho.''

Djoefainah, Jogja.

--- 88 ---

BATUR LANTIP

Ana dhayoh disuguh mangan kursèn. Olèhe mangan durung warêg, sêga kang ana piringe mèh êntèk, nanging ora ditanduki.

Batur sing ngladèni dilirik-lirik mênêng bae, ngenak-enak mbopong cêthing. Dhayohe duwe pangira, yèn sêgane wis êntèk, nuli golèk akal olèhe arêp ngungak cêthinge.

Ora suwe, dhèwèke ngadêg ngagèt saka kursine, calathune: ''Aduh cêkit, apa iki sing ngantup?''

Calathu mangkono karo ngungak cêthing.

Batur pancèn lantip atine, wêruh yèn cêthinge diungak, enggal-enggale olèhe ngiingake karo gunêman: E, e, lalêr kiyi kêpriye, gèk sing dirubung apa, wong wis kothong ngene.'' Dhayoh rumasa yèn akale konangan, banjur ndingkluk, ing sêmu kaya wong isin.

L. Stone, Surabaya.

MURID KANG LANTIP

Ana pamulangan dhesa,desa. dipêriksa dening bêndara schoolopziener, sing dipêriksa kl. I kabênêr mulangake cacah papat. Rawuhe ndara schoolopziener mau nitih motor. Guru mbanjurake ênggone mulang.

Guru : ''Sapi sikile pira?''

Murid : ''Sakawan.''

Guru : ''Jaran sikile pira?''

Murid : ''Sakawan.''

Guru : ''Kreta rodhane pira?''

Murid : ''Sakawan.''

Guru : ''Motor rodhane pira, Kasim?''

Kasim nglirik mênyang jaba ndêlêng motore opziener, mbanjur mangsuli: ''Gangsal, pak guru.''

Guru : ''Si Kasim pancèn bocah goblog, wis diwulang bola-bali, motor bae ora wêruh rodhane. Jajal mrene mêtua, dêlêngên lan etungên rodhane.'' Si Kasim digèrèt mêtu, mbanjur milang rodha motor mau têmbunge: ''Siji, loro (rodha ngarêp), têlu papat (rodha buri), lima (rodha ngiringan, yaiku sing kanggo reserve).''

Gurune ngêlus dhadha karo calathu lirih lan alon bangêt: ''I...y...a...b...ê...n...ê...r.''

Sri Moeliati, M. Hoed

Gadingan, Jatibarang.

MANGSULI LAYANG

Imam Soebêkti, Nganjuk. Pitêpunganmu wis daktampa kanthi bungah. Bêcike yèn kowe arêp lêngganan T.B. kirima layang dhewe nyang Administratie. Saiki uga wis dak kandhakake nyang administratie, nanging murih cêthane, ya kowe uga ngirimana layang.

Soetanti, Kêpatihan Kulon 31, Surakarta. Batanganmu cangkriman ana siji kang luput, yaiku Arabica, mêsthine Aladina. Yèn kowe arêp ngirimi karangan cangkriman2 iya kêna.

Tjaroem, Karangturi, Indramayu. Kirimanmu layang pitêpungan sarta karangan wis daktampa, bangêt panrimaku.

Soemartijah, Bangil. Pitakonmu bab adrès-adrèse wong loro iku Bu Mar ora ngêrti, jalaran ora tau kirim layang.

Froggie, Purbalingga. Mêsthi bae kowe ora tampa wangsulan saka Uncle Sum, awit anggonmu ngadrèsi kêliru, mêsthine postbox 405. Nalika samono pangêcape ing Kêjawèn uga kêliru. Apa iya têmênan kowe arêp ngirimi potrèt?

Ekasedijawati, Sêpanjang, Glenmore. Kirimanmu cangkriman wis daktampa. Kêpacak utawa orane isih dakpikir-pikir dhisik. Apa saiki ing omahmu kabèh wis pinaringan waras anggone padha lara. Sukur yèn wis padha waras. Bu Mar milu mujèkake.

Roek, Wlingi, Blitar. Aja pisan dadi atimu, karanganmu wongsalanwangsalan. ora bisa kapacak.

Joesatno, Rêngat. Yèn kowe maca T.B. dhèk Sêtu buri mêsthi bakal wêruh, yèn kirimanmu gambar kêpacak. Pitêpunganmu uga wis daktampa kanthi bungah.

Siti Lantarsih c/o S. Soeroamidjojo Crani onderneming Tolan post Pangkatan S.O.K. Layangmu karo-karone wis daktampa, ora liya bangêt panrimaku.

Soenaka, Tuban. Layangmu wis daktampa, lan uga wis daktêrusake nyang Administratie.

H. Oho, Purwakêrto. Aku wis tampa kirimanmu cangkriman lan lêlucon, kêtrima bangêt.

Oei Sioe Tjwan, Pacinan. Wah sênêng ya, padha plêsir2 nyang Surakarta. Apa kowe uga uga milu lan apa adhimu sêkolahe nyang pamulangan H.I.S.?

Soetono, Surabaya. Karangan-karanganmu wis daktampa, kêtrima bangêt. Dene têmbange Kinanti kurang apik, ora bisa dipacak. Lan aku arêp kandha marang kowe, yèn ngirimi karangan, aja njupuki layang kabar liya, kaya sawênèhing bocah, kang ajêg ngirimi karangan nyang Bu Mar, nanging ajêgan njupuk saka layang kabar liya, plêk ora ana sing diowahi, wis mêsthi bae banjur ora bisa kêpacak. Kowe rak ora ngono ta, No?

Timan, Surabaya. Aja pisan dadi atimu ya, karanganmu lêlucon (dialec Surabaya), ora bisa kêpacak, awit kanggo liyane bocah ing Surabaya, kurang ngêrtèkake.

Sri Dadijah, Bawang. Wiwit kowe kêsusahan, lagi iki ngirimi layang nyang Bu Mar. O, Sri, aja tansah kokelng-eling,kokeling-eling. ora mung kowe dhewe kang wis ora duwe ibu, nanging pirang2 kêponakane Bu Mar sing uga wis ora duwe ibu. Saiki ibumu rak wis kêpenak, dene upama kowe isih nyandhing nanging tansah gêrahên bae, rak ya mêsakake. Kowe saiki sing pintêr ngladèni bapak lan momong kêponakanmu sing wis ora duwe bapak. Kirimanmu potrète Soetardi lan kêponakanmu wis daktampa kanthi bungah. Batanganmu cangkriman ana kang luput.

Trima, Gêdangan c/o Chr. H.I.S. Mojowarno. Kirimanmu lêlucon lan cangkriman aku wis tampa, bangêt panimaku.

Saikin, Bandhung. Karanganmu lêlucon wis daktampa ora liya bangêt panrimaku.

Sri Mastoeti, Surakarta. Wah, kowe kok ana-anabae, aja kok kulinani bangêt2 kucingmu kuwi, yèn ladak ngono, la wong nganti aboh jare. Wiwit saiki angognmuanggonmu. ngopèni ya sawatara bae, jalaran dicokot kucing, yèn nganti infectie, iya nyamari. Ana sawênèhing putra wêdana dicakar dhadhane, nganti abuh, digarap dhoktêr nganti rong sasi. Dadi kowe wiwit saiki sing ngati-ati, ya Sri, aja dhêmên gojèg karo kucingmu.

Layang liya-liyane bakal dakwangsuli Sêtu ngarêp.

Bu Mar.