Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07, #1667

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1938, #1667
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-02, #1667. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1509.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03, #1667. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1510.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04, #1667. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1511.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05, #1667. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1512.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06, #1667. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1513.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07, #1667. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1514.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08, #1667. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1515.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10, #1667. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1516.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11, #1667. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1517.

Ôngka 57, Stu Pa, 18 Jumadilawal Jimawal 1869, 16 Juli 1938, Taun XIII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [877] ---

Ôngka 57, Stu Pa, 18 Jumadilawal Jimawal 1869, 16 Juli 1938, Taun XIII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Prakawis Ngingah Kambangan - Anggêgana saking Tanah Jawi dhatêng Ostrali - Bab Sêrat Rama - Pralampita Panitisastra Prakawis Suka Kasêktèn dhatêng Durjana - Sêratipun Petruk dhatêng Garèng - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Pangungsêt

Kasucèn, tuwin anglampahi sêsanggêman ingkang tanpa pamrih.

Wêwarah ing nginggil punika prasaja, têranging kajêngipun: Tiyang punika nindakna kasucèn, nglampahana sêsanggêman, ingkang tanpa pamrih.

Wêwarah ingkang kados makatên wau sanadyan botên dipun têrangna, inggih sampun cêtha kajêngipun, upaminipun, ingkang dipun wastani suci punika yèn ing lair inggih anggèning rêsikan, ing batosipun inggih ingkang rêsik, sampun ngantos dipun rêgêdi, upaminipun gadhah manah awon. Ingkang nama nglampahi sêsanggêman, inggih punika nêtêpi janji, sampun sok cidra, tiyang ingkang sagêd nêtêpi kados makatên punika, atêgês sampun sae kabatosanipun. Tanpa pamrih punika, upami tiyang têtulung nyambuti arta dhatêng tiyang sanès. Nanging manawi: besuk yèn ambalèkake..., punika nama isi pamrih. Inggih sawêg ing batos mungêl: Dene aku bisa mitulungi, punika inggih sampun pamrih.

Nanging manawi dipun lêbêtakên malih, kajênging suci mênggahing batos, punika ingkang suci yêktos, têgêsipun sampun botên kêmomoran. Dene bab sêsanggêman, punika lugunipun taksih pêtêng, awit kêdah wontên katrangan, sintên ingkang damêl sêsanggêman, tuwin sintên ingkang nyagêmi.nyanggêmi. Punika cara grêbaning pasaksèn, prayogi mêndhêt saking Sêrat Tumuruning Wiji Manungsa, ing ngriku mratelakakên, nalika wijining manungsa badhe dipun titahakên, tampi sêsanggêman, supados botên supe dhatêng Pangeran, sarananipun tumraping pamirêng, sampun namung kangge mirêngakên mêmirêngan ingkang sakeca, mindhak botên mirêng dhawuh pangandikaning Pangeran, upaminipun tiyang mirêngakên gêndhing ingkang gampil-gampilan, ingkang nocogi manah, Kututmanggung upaminipun, nalika mirêng sindhènan: Sore-sore brêkutute jaluk ngombe, punika pun pamirêng lajêng jumênêng saha lajêng sagêd anggambarakên: Patute gêndhing kaya ngono mau ana wujude putri sing sajak mêmêla, ning ambranyak. Kêladuking raos ingkang kados makatên wau nama nyalèwèngakên pamirêng, inggih ing ngriku punika sajatining pamrih. Kosokwangsulipun manawi mirêng gêmbrèng dipun thuthuki, ing batos lajêng: hla, iki rak wong gêblêg, punika saya êmbahing salewengan. Dados namung sarwa makèwêd.

Namung manawi dipun lêbêtakên malih, pancènipun botên pating prêthil makatên, têrangipun: tiyang ingkang nêtêpi sêsanggêman wau, sajatosipun sampun tanpa pamrih, dening sampun suci. Namung sumôngga.

Cêkruktruna.

--- 878 ---

Bab Têtanèn

Prakawis Ngingah Kambangan.

Ngingah kambangan kangge ngupa boga punika manawi namung 50 dipun wastani alitan, manawi ngantos 150 dipun wastani cêkapan, dene manawi ngantos 200 dipun wastani mêmpêng, awit lajêng nama ngupados têdha sarana ngingah kambangan, punika manawi mantêp, inggih dados sarating gêsang têntrêm.

[Grafik]

Kambangan nuju dipun êngèn wontên ing sabin.

Saya dipun kathahi saya sae, ananging 200 wau kangge petangan, awit limrahipun kambangan 1 giringan punika inggih 200 wau, kêdah dipun rimat tiyang 2. Cara makatên punika ingar-ingêripun lajêng sakeca.

Ngingah kambangan makatên botên namung cêkap dipun pakani: jagung, pantun saha dhêdhak, ugi prêlu kêdah angsal pakan bôngsa gêsangan: urang, kracak, keyong lan sapanunggilanipun, awit yèn botên kados makatên kambanganipun botên dêrês paniganipun (suda), sampun tamtu lajêng kadung dhatêng jôngka jangkahipun, awit malêbêtipun arta tigan lajêng badhe têlas, malah botên nyêkapi kangge tumbas jagung, pantun saha dhêdhak, tumrap dhatêng kambanganipun nama sampun cingkrang.

Ing bab 2 prakawis kasêbut nginggil, tiyang inggih sampun mangrêtos gênging paedahipun, liripun nyata bab 2 prakawis wau anjalari kambanganipun lajêng subur, inggih punika paniganipun dêrês, sampun tamtu anjalari agênging pikantukipun, ananging kadospundi rekanipun ngirid wragamwragad. tumrap pakan wau. Inggih jalaran saking punika tiyang lajêng ngumbara kalihan kambanganipun, punika tamtu nuju ing papan-papan ingkang nêdhêng panèn. Ing ngriku kambanganipun pikantuk têdha 2 prakawis ingkang kapetang cêkap. 1 pantun, inggih punika pantun gogrogan ing sabin, 2 kracak, keyong sapanunggilanipun inggih pinanggih ing ngriku. Nanging sanadyan sampun makatên, inggih kêdah taksih tumbas jagung, awit pakan punika inggih sagêd andêrêsakên paniganing kambangan. Limrahipun catunipun 1 dintên, kaping 2 cêkap jagung 40 katos tumrap kambangan 200.

--- 879 ---

Kambangan wontên ing paumbaran punika inggih prêlu dipun kandhangi, awit manawi botên makatên pating blêsar, kathah sônggarungginipun, kados ta: kambangan katriwal, paniganipun pating bêcècèr, rêkaos lan ribêd dhatêng panindaking padamêlan. Dene kandhang wau kandhang gulungan.

[Iklan]

Kandhang wau namung prasaja, ingkang kadamêl bêthèk anam jaro (gêdhèg anam arang) inggilipun 1/2 mètêr, panjangipun 18 mètêr. Pangrakitipun kadamêl pasagi panjang, alang 3 mètêr, panjang 6 mètêr. Ing padon lajêng winêwahan aub-aub samètêr, damèn dipun gapit winujudakên êmpyak, ngandhapipun dipun sukani damèn minôngka patarangan. Pancèn ing ngriku paniganing kambangan-kambangan wau. Bêthèk wau sagêd kagulung lampit.

Ing dhusun-dhusun limrahipun 1-2 wontên tukang ngèbèr tigan. Tukang ngèbèr wau sabên enjing dhatêng panggenan tukang kambangan prêlu kilak tiganipun. Tumrap samangke sajinahipun caruk banyu f 0.125. Manawi sampun anglêmpak angsal-angsalanipun lajêng dipun pilihi, cêkakipun kadamêl nomêr 1, nomêr 2, sarta nomêr 3. Ambokmanawi sabên sapêndhak dintên lajêng pasokan dhatêng juragan tigan, lajêng nampi arta samantên rupiyah manjing pasokan, samantên rupiyah êmpingan. Tukang ngèbèr wau ugi prêlu nyukani panjêr dhatêng tukang kambangan, pamurihipun têtangsulan sampun ngantos kaliyakakên. Badhe kasambêtan.

Sumadi, Pangarasan.

--- 880 ---

Anggêgana saking Tanah Jawi dhatêng Ostrali

Kados para maos sampun mirêng ing bab wontêning motor mabur saking tanah Jawi dhatêng Ostrali. Mênggah têrangipun lampah anggêgana punika kapetang sêsambêtanipun lampah anggêgana saking nagari Walandi dhatêng tanah Jawi, ingkang katindakakên dening K.L.M. lajêng dipun sambêt ing motor mabur sanès, saking tanah Jawi dhatêng Ostrali, dipun tindakakên dening K.N.I.L.M. Lampah punika ingkang langkung wigatos, sagêd ngenggalakên lampahing sêrat-sêrat saking nagari Walandi dhatêng Ostrali.

[Grafik]

Nginggil: motor mabur nalika mabur wontên ing gagana. Ngandhap: para pangagêng ingkang sami tumut numpak motor mabur.

Kala tanggal 4 wulan punika wiwitipun kawontênakên lampah anggêgana saking tanah Jawi dhatêng Ostrali. Kala ing dintên wau nuju wanci siyang, bêntèripun sumêlèt sangêt, ewadene kathah oto anglur sami dhatêng papan anggêgana ing Cililitan, Bêtawi, dipun titihi ing para agêng tuwin sanès-sanèsipun, ingkang sami badhe anjênêngi bidhaling motor mabur wau. Motor mabur ingkang badhe bidhal punika PK - AFM.

Ing ngriku katingal kêmpaling para pangagêng nagari tuwin militèr, para golongan among dagang tuwin sanès-sanèsipun. Botên dangu kêmirêngan wontên suwara ambrêngêngêng ing gêgana, inggih punika dhatênging motor mabur kêkalih saking Bandhung, dipun titihi Edeleer Kuneman tuwin dhirèktur V. en W. van Haeften.

Dumugi wanci badhe bidhaling motor mabur kawontênakên pahargyan kanthi wêdhar sabda ingkang kapangandikakakên ing panjênênganipun Tuwan Nieuwenhuis wêwakil Knilm tuwin Tuwan van Haeften.

Ingkang nglampahakên motor wau Tuwan Van Messen, dene ingkang nyarêngi tumut wontên ing ngriku Tuwan-tuwan Kuneman, van Haeften, van Bovene, up redhaktur Aneta. Dhirèktur rijksluchtvaart, van

--- 881 ---

Eden van der Pals, namung dumugi Dhènpasar. Sarampunging pamahargya, motor mabur ingkang badhe bidal lajêng anggêrêng, saha lajêng anggêgana mubêng, dados tandhaning suka panuwun, wusana bablas ical saking sawangan, ngênêr dhatêng Surabaya.

Jam 3.25 panggêgananing motor mabur sampun dumugi sanginggiling kitha Surabaya, kathah para agêng ingkang sami mapag ing papan anggêgana. Jam 3.45 bidhal saking Surabaya, winêwahan pamuji arjanipun ingkang sami wontên ing ngriku.

Sabidhalipun saking Surabaya, lampahing motor mabur andêdêl tanpa sangsaya, wontên ing ngriku kêpapag motor mabur Quantas ingkang anggêgana saking Rambang, lampahipun sliringan cakêt sangêt pêsat kados kilat, ing ngriku katingal kumlawening tanganipun ingkang sami numpak.

Sarêng ngambah sanginggiling parêdèn ijèn, anglangkungi pucaking rêdi, ing ngriku motor mabur ambêlês malêbêt ing mega pêthak, lajêng jumêdhul wontên sanginggiling mega, lumahing mega katingal kados sagantên ing ngawiyat. Motor mabur PK-AFM katingal ngalela ijèn kados ratuning gêgana, caraning pawayangan botên beda kados aburing Radèn Gathutkaca nalika nganglang wontên sanginggiling mega malang. Botên dangu sliringan malih kalihan motor mabur ingkang bidhal saking Bali badhe dhatêng tanah Jawi, namung katingal sacleretan, ingkang araos nyabawa: slamêt, slamêt.

Salangkungipun saking gêgana ngriku narajang angin ingkang araos anduwa panggêgananing motor mabur, rahayu krodhanipun Hyang Bayu wau kêndhih dening karosaning sinatriya ingkang pangawak waja agêtih bènsin, anggêrêng narajang purun. Wusana motor mabur cumalorot mandhap ing Dhènpasar tinampèn ing pahargyan, suwaraning musik ngumandhang ing ngawiyat kados mapag ingkang nêmbe rawuh. Suwaraning gôngsa ngungkung kados pêpindhaning sabawa: jaya, jaya. Salajêngipun motor mabur grêg mapan ing pakèndêlan, tinampi ing suka-suka.

[Iklan]

Upamia tiyang, motor mabur PK-AFM saya mapan kakiyatanipun, lajêng anglajêngakên lampahing wanci dalu, jam 6.55 enjing sampun culamorot dumugi ing Kupang.

Wusana ing salajêngipun, motor mabur wau lampahipun dumugi Ostrali, pinahyargapinahargya. kanthi gambiraning manah. Saha motor mabur wau sampun wangsul malih dhatêng tanah Jawi, wilujêng botên kirang satunggal punapa.

Pawartos saking Administrasi.

Lêngganan nomêr 4430 ing Sala. Kados adpêrtènsinipun Tuwan Zaed Toz ing Kajawèn nomêr 50/51, punika f 1.50.

Lêngganan nomêr 2184 ing Bandhung. f 1.50 sampun katampi, acc.

--- 882 ---

Bab Sêrat Rama

Kawêdharakên dening R. Arjawiraga wontên ing radhio Nirom II ing Bêtawi.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 56.

5 Êngês. Bab êngês punika amujudakên gêgambaraning raos susah, kados ta susahipun satriya Rama nalika pisah kalihan garwa, putêking panggalihipun ngantos mujudakên kados angganing tiyang kênganglangan. Makatên ugi kala Dèwi Sinta wontên ing taman Argasoka dipun adhêp ing Dèwi Trijatha, ing ngriku katingal anglêsing panggalihipun Dèwi Sinta, saking anggèning sampun botên kagungan pangajêng-ajêng pinanggih kalihan ingkang raka malih, ing ngriku cêtha kasantosaning panggalihipun Dèwi Sinta ingkang tansah gêgandhengan kalihan panalôngsa, nêtêpi watêking putri utama. Panalangsanipun Dèwi Sinta wau kacêtha wontên ing sêkar Mijil, ingkang ungêlipun makatên:

sun wartani laraningsun nini / kinarya lêlakon / pinisahakên dening mangsane / sih-sinihan sinarang ing Widdhi / tan tulus karonsih / lunga jiwaningsun //

tan karasèng laraning wanadri / duk maksih karongron / sagon-ênggon ramanira kuwe / Ramawijaya gung sabên ratri / gunêm sastraniti / lawan pandhita gung //

sastracêtha parikramèng wangsit / utamane kang wong / dadi ora ana panggalihe / mêngko iki pinisahkên mami / lan kalulut adi / lêhêng matia wus //

kabèh isining taman puniki / wèh lara maring ngong / tur pinunjul taman Soka kiye / wisma mas tur rinênggèng sotyadi / prandene wak mami / enak nèng wana gung //

kêmbang-kêmbang akèh amêpêki / adi kang kêkayon / iya kaya kunjara rasane / barang katon kang karungwèng mami / anyênyêndhal ati / mêmêdhot jêjantung //

sarirèng ngong sayah dening kingkin / donya gêng wirangrong / mati bae ciptaningsun kiye / yèn tan panggih lan pangeran mami / Ramawijaya glis / aywa wèt mangunkung //

Rêtna Trijatha sigra amipis / sagung oyod-oyod / sulur-sulur babakan kelore / winoran candhana dènnya mipis / kinonyohkên aglis / marang sukunipun //

Tumrap panyandra ingkang pinanggih wontên ing tiyang maos, punika kagambarakên makatên: nuju lingsir dalu, mirêng wontên tiyang maos, swara èstri, sêkaripun Mijil, ingkang mujudakên mêmêlasipun Dèwi Sinta. Punika raosipun sagêd angunjalakên napas sayêktos. Botên anèh saupami wontên tiyang alok: Iki apa, nèh. Panyapa matênmakatên. wau, jalaran kêtarik saking suraosipun.

6 Grêgêtipun Sêrat Rama, punika pinanggih sabên paprangan. Babagan paprangan punika raosipun inggih sagêd anênangi manah, samôngsa wontên ingkang kasoran, manawi ingkang kasoran wau ingkang botên dipun rêmêni, lajêng dipun lokakên: sukur. Nanging manawi ingkang kasoran ingkang dipun rêmêni, lajêng tuwuh wêlasipun, malah trêkadhang ambrêbês mili, makatên punika botên sanès, kabêkta saking gêsaning cariyosipun.

7 Umpak-umpakan. Ingkang dipun wastani umpak-umpakan punika pangrêngganing basa ingkang ngucapakên [nguca...]

--- 883 ---

[...pakên] kawontênan ingkang langkung saking mêsthi, kados ta pangrêngganing pura Ngalêngka:

[Iklan]

[Dhandhanggula]

langkung asri busananing puri / ing Ngalêngka kancana sadaya / gêdhong-gêdhong lan pagêre / miwah gapuranipun / jroning pura awarni-warni / gapura tan petungan / sadaya mas murub / wêwanan miwah sagaran / kêbon kêmbang-kêmbang lêt gapura sami / ewon gêdhong jro pura //

sabên gêdhong êjam siji-siji / sabên gapura pucak mutyara / kumala nila widure / pakaja myang jumêrut / lumrah pagêr-pagêre akik / ijo wungu lan abang / seta miwah dadu / gapura ukir-ukiran / sawarnining gapura mring sari-sari / manik ingukir samya //

Ungêl-ungêlan ingkang kados makatên punika dipun wastani umpak-umpakan, ingkang kêlimrah dados ucap-ucapan wontên ing sêrat waosan. Ewasamantên tumrapipun wontên ing raos, tiyang botên badhe maibên dhatêng kasugihanipun Prabu Dasamuka, malah adhakanipun tiyang mungêl: Wah, samono ya, kasugihane ratu Ngalêngka kuwi, la wong akik kok dianggo pagêr.

8 Kabatosan. Tumrap ing sêrat waosan, raos ingkang anggêpok dhatêng kabatosan, punika kados sampun dados karêmênan, môngka mênggahing Sêrat Rama, kathah sangêt suraos ingkang lèrèg dhatêng kabatosan, malah wontên ungêl-ungêlan ingkang asring kapêthik tuwin adhakan dipun apalakên ing tiyang, inggih punika nalika Sang Ramawijaya dipun gumuni dening Anoman, anggèning sagêd dumugi pucaking rêdi Rêksamuka, môngka sanadyan dewa pisan botên wontên [wontê...]

--- 884 ---

[...n] ingkang purun ngambah ing ngriku, jalaran saking sangêt ing gawatipun. Tumrap Anoman piyambak, sampuna mêdal ing gêgana botên sagêd dumugi ing ngriku. Ing ngriku sarêng Sang Rama mirêng aturipun Anoman wau lajêng ngandika: O, Anoman, kowe kuwi jênêng bêbakal, gampang lan ewuh iku rak ana kang gawe, yèn wani ing gampang, wêdi ing kewuh, iku bakal ora tumêka, gampang ewuh iku yèn diantêp dadi siji, ing purwane pancèn ora ana. Luguning ungêl-ungêlanipun wontên ing sêkar makatên:

[Dhandhanggula]

kunêng lingnya Ramadayapati / angandika Sang Ramawijaya / hèh bêbakal sira kuwe / gampang kalawan ewuh / apan ana ingkang akardi / yèn wania ing gampang / wêdia ing ewuh / sabarang nora tumêka / yèn antêpên gampang ewuh dadi siji / ing purwa nora nana //

Suraosing ngèlmon ingkang kados makatên punika, pinanggihing wontên panyuraos warni-warni, wontên ingkang anggèning anggagapi lêlambaran kalangkungan, nêtêpakên kasêktènipun Sang Ramawijaya, ingkang wosipun angluhurakên dhatêng kalangkungan wau.

Wontên malih ingkang lajêng ngringkês: cêkake, wong kuwi waton wis ora nganakake apa-apa, wis rampung.

Ungêl kados makatên punika, prayogi dipun mangke rumiyin. Punapa inggih ta tiyang botên ngawontênakên punapa-punapa punika gampil, kados manawi dipun manah yêktos, angèlipun malah ngungkuli anggagapi barang ingkang sakalangkung samar, awit adhakanipun, anggèning ngakên botên punapa-punapa punika, sajatosipun malah ngawontênakên. Manawi tiyang nyawang gampang angèling kawontênan ingkang maujud, punika gampil, balik mawang gampang angèling batos, punika ingkang tansah tuna-dungkap, awit uthak-uthêkipun, botên sande namung badhe bêbakal, têgêsipun damêl. Inggih ing ngriku punika dununging pada patanya agêng.

[Iklan]

Para miarsa, kados sampun cêkap anggèn kula ngandharakên suraosing Sêrat Rama wêdalan Bale Pustaka. Pangalêmbana kula punika sajatosipun dèrèng paja-paja ngiribi kalihan kawontênanipun ingkang saèstu. Mila eman sangêt saupami sêrat waosan ingkang kados makatên punika ngantos botên dipun uningani ing ngakathah, saya tumrapipun dhatêng para mudha ingkang sampun ngiwakakên dhatêng raos kajawèn, manawi botên maos Sêrat Rama, punika satunggiling kapitunan, dene botên sumêrêp bilih bôngsa Jawi gadhah sêrat waosan ingkang adi luhungipun kados makatên.

Sêrat Rama punika aksaranipun latin, ing pangangkah sagêda jêmbar, gampil dipun waos ing sintên kemawon, ingkang nocogi kalihan jamanipun.

Wusana para miarsa kaparênga ngêgungakên pangapuntên dhatêng atur kula sadaya wau. Nuwun.

--- [885] ---

[Iklan]

--- 886 ---

Wulang Sae

Pralampitaning Panitisastra Prakawis Suka Kasêktèn dhatêng Durjana (Tiyang Lampah Piawon)

[Mijil]

Ujar samar pinêcah kawijil / sajroning wêwaton / layang Nitisastra pralambange / ling-èlingên saliring pêpeling / pêlêngên ing ati / ywa nganti tumpangsuh //

pasang sêmu kang bisa nampani / paninting suraos / êsahêna supaya pasahe / mring pasêmon kang mèsi sabda di / kasidaning dadi / pralabdèng pituduh //

kawruhana kono ana muni / pêpacuh lan pakon / mring wong sugih ing guna kasaktèn / aja kongsi sung guna kasaktin / tinujwèng pra juti / kang lumrah kêlaku //

kalanturing catur aran maling / nanging kang mangkono / nora gamblang kurang panglimbange / ala iku tan ngêmungke maling / wong kêtarik melik / bôngsa colong jupuk //

sing sapa wong padha anglakoni / panggawe piawon / nadyan ratu yèn ala lakune / iya jênêng janma ala ugi / dening padha janmi / apa paenipun //

pêpintaning pangkat gêdhe cilik / tan bisa carub wor / kanggo bawur alaning lakune / ala iku yêktine mung siji / kabèh padha ugi / nora loro têlu //

liring ala têtêpe kang yêkti / tan lyan nèng lêlakon / iya iku alaning panggawe / kaya ta wong gawe lara pati / cilike akardi / tuna rusak-rusuk //

catur laku iku wus nyrambahi / mring kabèh lêlakon / kang kalêbu alaning panggawe / agawe sak sêrik wirang isin / sinêbut misakit / mring ati kaetung //

ya mulane sanadyan maharsi / kang arsayèng awon / winantua bênturgêntur. subratane / nanging lamun dhêmên mialani / sayakti katali / aran maharsi dur //

nora pisan bisa anasabi / alaning lêlakon / kaalingan aran maharsine / sinamuring pamarta mangardi / dikongsia prapti / pirang atus taun //

antuk guna kalawan kasêktin / saciptane dados / kinawasa mandi sasabdane / upama wong sinabdan mrih dadi / ingkang wrêjit cacing / sakala kêlakun //

kang mangkono nora kêna mukir / karan rêsi awon / krana saka alaning panggawe / Nitisastra wus mralampitani / pitunaning rêsi / sasar kang kinayun //

kaya-kaya candhana upami / uwite tan katon / pinulêt ing ula luwih gêdhe / luwih mandi wisane mawarsi / êpange makêthi / kêthèk pating plangkruk //

kaèbêkan kombang ngrubung sari / rêbut madu andon / bawa swara ambrêngêngêng rame / iku dadi sêmuning maharsi / sasaring martapi / têpane tan patut //

limput sêdya utama martani / mardi karahayon / amung kayun yinuyun wong akèh / amakolih kêluwih mrih melik / lir sêmuning kapi / rinampèk anggraut //

ambêg punggung umbag suka myarsi / panggunggunging uwong / kang kaparèng sapa ngarêpane / pinarbut ing pamrih lan pakolih / kalêganing ati / wong kang lagi entuk // Badhe kasambêtan.

Pranata.

--- 887 ---

Sêratipun Petruk dhatêng Garèng

Ingkang taklim.

Wiyose, Kang Garèng, andadèkna wêruhanamu, yèn aku saiki ana ing Sêmarang, tur iya lagi rupyan-rupyan sarta lim-liman ana ing rèsturan. Sajêrone aku nulis layang iki, aku lagi nglabasake : sêga gorèng rong piring, mi gorèng rong piring, sladha rong piring, capjae rong, iki lagi ngaso, Kang Garèng, wêruh, apa sing ana ing porok iki,... gorengan limpa, Kang Garèng, lo, rak iya ngono wong ana ing paran kuwi, sanadyan ana ing ngomah ibarate: kêndhile langganan mêngkurêb, nanging ana ing paran kudu sing royal sawatara, dadi katone mêtontong.

[Grafik]

Kowe lagi anu wis tak kandhani, Kang Garèng, lungaku sapisan kiyi, ora mung adhimu makne Kamprèt bae, sanadyan Bu Mar iya mèlu. Bawane wong wadon, Kang Garèng, iya ora kêna dipaido, le lêlungan iki, dunya branane prasaksat digawa kabèh, jarene kuwatir nèk ana ing paran diarani ora salin-salin. Malah panganggone sing wujud mas intên, diênggo kabèh, Kang Garèng, dadi iya nganggo: suwêng , kalung, madhalyun, pênitine rupa loro, iya pêniti rèntèng, iya pêniti rêmpèyèk - kae, lo, pêniti sing mêthuthuk - iya nganggo gêlang, malah têlung pasang diênggo kabèh, ali-ali, wah, driji sêpuluh, dikêbaki, Kang Garèng, nganggo... binggêl utawa ora, êmbuh aku ora pati ngawasake. Cêkake, Kang Garèng, ana ing paran iki, iya makne Kamprèt, iya Bu Mar, rupane padha mêncorong lan pating glêbyar nganti kaya... klithikan, Kang Garèng. Padha manganggo kaya ngono kuwi aku iya mupakat bae, sabab banjur ana sing kanggo jaga-jaga yèn kêkurangan sangu.

Pangkatku saka ing Batawi dina Slasa tanggal 5, Juli Kang Garèng, tumêkane ing Pakalongan kira-kira jam 3, aku kêtêlon têrus anjujug ing omahe kaipe, kang dadi opsihtêr ing Sragi, kira-kira 15 km saka pakalongan. Ana ing sêtatsiyun dipêthuk motor, Kang Garèng, mulani bisa anjègrèg kaya ndara tuwan lan ndara nyonyah-nyonyah. Kalane ana ing sêpur kabarêngan kênalan pirang-pirang, timbangane aku arêp apa-apa kudu tansah tawa bae, tak putus, aku kêtêlon sajêrone ana ing sêpur têrus-têrusan,... patigêni, mulane barêng têkan ing Sragi, sadhiyane dhahar iya banjur tak antêm wèlêm, [wè...]

--- 888 ---

[...lêm,] nganti nglabasake limang piring, wêtênge kok banjur rada antêng, Kang Garèng.

Sauwise padha rêrêmbugan omong kosong sawatara, kira-kira jam 5 aku nilpun bêndara patih ing Pakalongan, awit aku kêpengin nyumurupi kaanan sing anèh-anèh ing Pakalongan kono, nèk ana bêgjane aku bisa andhèrèk turne bêndara patih, wèh, lumayan, Kang Garèng, mulane aku banjur mêrlokake tilpun mau. Hallo, mêngkono wiwitane anggonku tilpun. Kana amangsuli: Hallo, ngriki patih. Ing kala samono aku durung suwe mêntas nonton kêthoprak lan wayang wong, dumadakan aku kalalèn anggonku pitakon jêbul mêngkene: Hallo, ngriku ndara patih. Patih sintên, Patih Lugêndèr punapa Sêngkuni. Barêng kana katara sajak kagèt, aku lagi kèlingan, yèn aku iki lagi tilpun-tilpunan karo ndara patih têmênan. Mulane kanthi gurawalan aturku mêngkene: Panjênêng... nêng... an, ndara pa - pa - patih, kula Mas Ngantèn Petruk saking Bêtawi. Wah, barêng bêndara patih priksa sapa sing tilpun marang panjênêngane, anggone dhawuh nrêcêl, Kang Garèng: Sampeyan Mas Petruk, dhatêng sampeyan ngriki napa kalih Mak Kamprèt, kenging napa botên anjujug têng griya kula, yadhug, yadhug. Wèh, hla ya kuwi, Kang Garèng, wong kuwi nèk disanak, sok banjur lali nyang duga prayoga. Barêng bêndara patih mau sêmanak lan andêmênakake bangêt pangandikane mau, aku iki kok banjur lali duga prayoga, kathik tak wangsuli mangkene: Nun inggih, kula botên anjujug ing kapatihan, awit wau sadintên sampun patigêni, mangke wontên ngriku, gèk... durung nganti rampung anggonku matur, ndara patih wis dhawuh mangkene : Kêpatihan sugih bêras. Wah, Kang Garèng, aku ora bisa ngampêt banjur gumuyu latah. Bêndara patih banjur dhawuh warna-warna karo gumujêng: Mas Petruk ki sok ana bae - he, he, he, bok êmpun rupi-rupi - hi, hi, hi, sing dingêndikakake niku - hu, hu, hu, wong le anèh-anèh - èh, èh, èh, cêkake benjing napa têng gèn kula - ho, ho, hok. Aku banjur matur iya karo gumuyu, nanging rada nyêbal karo padatan, ora kok yèn wandane pungkasan tiba wulu, guyune: hi, hi, hi, tiba taling, guyune: he, he, he, lan sapiturute, nanging mangkene: bokmanawi benjing-enjing - ehing, ehing, ehing, sapunika têksih sayah - ahah, ahah, ahah, sapunika badhe ngaso -aho, aho. Cêkake, Kang Garèng, ana ing tilpun kono, panjênêngane bêndara patih karo aku banjur gêguyon gojèg rame kae, pungkasane bêndara patih banjur dhawuh, yèn kira-kira jam 8 panjênêngane arêp rawuh karo ndara dèn ayu ana ing pondhokanaku, prêlu arêp nêmoni rayimu aku sakalihan Mak Kamprèt, ngiras-ngirus mangsuli pisitêne kaipe.

Ing batinku: Cilakak kêras, ora bisa ngeple-eple ana ing lincak karo nisil jagung, nanging saka bungah-bungahe arêp kêtêmu bêndara patih sakalihan, pikiranaku: wêktune isih sêwêngi muput, sakondure tamu, bisa diayati panisile jagunge.

--- 889 ---

Jam 8 thèng, bêndara patih sakalihan wis rawuh têmênan ana ing pondhokanaku. Sabanjure, wah, gêgujêngan karo aku lan kaipe nganti katog, Kang Garèng. Pungkasane panjênêngane dhawuh nyang aku, supaya esuk-esuke sowan nyang kêpatihan, prêlu arêp dicangking tindak turne, Kang Garèng.

Esuke kira-kira jam 10, aku sarta Mak Kamprèt, apadene nini Opsihtêr Sragi, wis kêyunggut-kêyunggut lumêbu ing kapatihan. Bu Mar kapêksa taktinggal ana ing Sragi, sabab ora kêna mambu bènsin, lumrahe Bu Mar kuwi sok banjur sirahe krasa ambêdhêdhêg, wêtênge mumêt. Dening bêndara patih sakalihan, kene ditômpa kanthi rênaning panggalih. Sauwise aku sakloron, utawa nini opsihtêr diglontor limun, kene kabèh padha andhèrèk bêndara patih sakalihan padha budhal mênyang Batang prêlu didhawuhi nonton kaanane lelang iwak kang diadani ing sawijining kumpulan kang diarani: Ngupaya Mina. Bab iki ing besuk bae takcaritani sing nganti blêjêt, têgêse: nganti talêsih bangêt. Saiki aku mung bisa ngandhakake: bagus, bêcik, tur mumpangati tumraping rakyat.

Kajaba iki aku didhawuhi andhèrèk nonton kaanane kabudayan nênun ing Pakalongan, kang ditindakake ana ing sajêroning ngomah lumrah, Kang Garèng. Bênêr pamêtune kabudayan tênunan ing Pakalongan kuwi umume ora gawe andrêbala, nanging iya wis jênêng lumayan, bab iki ing besuk bae takcaritani sing nganti mèphèt.

Liyane prakara loro sing wis takkandhakake mau, ing Pakalongan ana saprakara manèh sing pantês digatèkake ing sadhengahing uwong, sing trêsna nyang nagara lan bangsane. Iki aku ora mung nêksèni dhewe, malah rada takjingglêng, mulane aku iya bisa cêtha, yaiku ing bab anggone bisa nyambutgawe bêbarêngan antarane: pangrèh praja, irigasi lan pabrik. Jalaran kaanan sing kaya mêngkono mau, ing Pakalongan iya ora ana kaum tani sing kêdumêlan bênggala jalaran sawahe kurang banyu. Mêngkono uga ing Pakalongan iya ora ana kangjêng tuwan-kangjêng tuwan Lônda pabrik sing main bêgita-bêgitu, jalaran kêbone têbu kêkurangan banyu. Priyayi pangrèh praja sing dipêrmain ing pabrik nganti kalakon dipindhah, malah dipènsiun, jalaran ora bisa ambantu pabrik, ing Pakalongan iya ora ana. Punggawa irigasi sing ngrangkul salah siji, apa pabrik, apa kaum tani, ing Pakalongan iya ora ana manèh. Kabèh mau jalaran saka kaanane pranatan ing kono, mula bagus bangêt, nganti iya ora bisa siji lan sijine golongan têlu mau nganti bêngkrik barang kuwi. Iki pantês saupama ditulada ing nagara liya. Mulane bab iki ing besuk iya arêp takrêmbug karo kowe sing nganti cêsplêng kae.

Wis samene bae, Kang Garèng, wong saka anggonku nulis layang iki, rèkêninge rèsturan banjur saya sathekruk. Liya dina bae taklayangi manèh.

Rayimu: Petruk.

--- 890 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI.

Lulus examen Vroedmeester. Awit saking ada-adanipun Geneesheer Directeur v/h Petronella Hospitaal Ngayogya lan ugi sampun sarêmbag kalihan pangagênging Pakaryan Kasarasan, Petronella Hospitaal sampun ngawontênakên cursus Vroedmeester (dhukun bayi jalêr), mêndhêt saking mantri verpleger klas 1. Cursus wau sampun kalêksanan dipun tindakakên, lan nalika tanggal 30 Juni lan 1 Juli sampun kalampahan wontên examen Vroedmeester, wontên candidaat 7, wusananipun sami lulus sadaya. Namanipun para ingkang lulus wau: 1. M.K. Paulus; 2. M.S. Atmopurwono; 3. M.S. Dibyoyuwono; 4. M.J. Darmowinoto; 5. Puspowardoyo; 6. M. Pilvanus Dangin; 7. M. Israel.

Utusan dalêm Nata Ngayogyakarta dhatêng nagari Walandi. Miturut katrangan, utusan dalêm Nata Ngayogyakarta dhatêng nagari Walandi, bidhalipun benjing tanggal 3 Augustus. Sadumugining Bêtawi badhe sowan Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana ngaturakên gambar album nalika Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana rawuh ing Ngayogyakarta.

Pasiraman Tirtomoyo kapitunan. Miturut katrangan, pasiraman Tirtomoyo ing Surakarta, ing taun punika pinanggih tuna, lêbêting arta wontên f 3193.61, wêdaling arta wontên f 3351.61. Kiranging angsal-angsalanipun wau, kakintên jalaran saking pasiraman ingriku punika botên kangge umum, limrahipun namung dipun lêbêti ing golongan ingkang wontên tuwin para priyantun.

Arta ical. Tumrap barisan Madura ing Sumênêp ing sabên wulan tampi waragad f 10.000.-. Ing kala mêndhêt arta ing kantor post cacah samantên wau, sarêng dipun etang pinanggih kirang 1000 rupiyah sami arta kêrtas nyadasa rupiyah. Dene cirining arta ingkang ical wau seri 1681 dumugi 16899 AL. Salajêngipun pulisi lajêng nitipriksa dhatêng pundi-pundi.

N.I. Handelsbank. Ing tanggal 14 wulan punika N.I. Handelsbank ambikak pang wontên ing Malang. Ingkang katêtêpakên dados agent ingriku Tuwan H.J. Knottnerus, ingkang sapunika dados sub-agent ing Surabaya.

Ingkang Bupati Cianjur dhatêng nagari Walandi. R.T.A.A. Surianata Atmaja, Bupati Cianjur sampun bidhal dhatêng Eropa sagarwa putra. Ingkang bupati wau ugi tilas warga Raad Kawula.

Pangeran Damrong. Ing wêkdal punika, Pangeran Damrong, satunggiling pangeran Siam ingkang misuwur ahli kawruh babagan barang kina, rawuh ing tanah Jawi, pêrlu ugi badhe migatosakên ing bab babagan barang kina. Ingkang sampun dipun priksani museum ing Bêtawi.

Kamajênganging tukang cukur. Ing Sêmarang wontên golonganing tukang cukur ingkang damêl paguyuban ngawontênakên liburan ing dintên Ngahad. Tindak wau sampun dipun wiwiti, warganipun sawêg wontên 10.

B.K.P. Hangabèi kautus dhatêng nagari Walandi. Ingajêng wontên wartos bilih ingkang jumênêng wêwakil Nata Surakarta benjing dintên paargyan jumênêngan nata 40 taun dhatêng nagari Walandi, putra dalêm ingkang sampun wontên nagari Walandi. Ing sapunika kaewahan ngutus B.K.P. Hangabèi sakalihan.

N. Verg: Kleine Landbouw Kasri. Ing Malang wontên ingkang ngadani ngêdêgakên paguyuban ingkang nama N. Verg: Kleine Landbouw Kasri. Pakêmpalan wau ing sakawit saking ada-adanipun R. Tirtoatmojo, namung apawitan f 60,-, dumugining taun 1937 sampun dados f 842.30. Ing sapunika wontên sêdya badhe dipun agêngakên sarana ngawontênakên aandeel, ingkang saandeelipun rêgi f 5.-.

Waarnemend 1e Gouvernements-Secretaris. Miturut wartos praja, ing salêbêtipun 1e Gouvernements-Secretaris Tuwan J. Ramaer verlof, ingkang kawakilakên Tuwan E.A. Zeilinga, ing sapunika Gouvernements-Secretaris. Dene ingkang kapatah amakili padamêlan wau, Dr. Moh. Nazif, ing sapunika referendaris ing Alg. Secretaris.

[Grafik]

Cooperatie ing dhusun-dhusun. Awit saking ada-adanipun Dr. Joko Marsaid ing Surabaya badhe ngêdêgakên cooperatie wontên ing dhusun-dhusun, ngangkah supados têtiyang ing padhusunan sampun ngantos kagubêd ing lintah dharat. Ing sapunika golongan pangrèh praja sawêg niti sagêd utawi botênipun cooperatie wau tumindak ing padhusunan.

Pados lisah pèt ing Nieuw Guinea. Wêwakiling N.K.P.M. Ir. Vreede ing Bêtawi sampun dumugi ing Nieuw Guinea. Ingriku pêrlu badhe pados lisah pèt, saha badhe ngangge bêbau 5000.

Papan paboyongan ing Selebes. Miturut wartos, wiwit wulan Juli punika, kawontênakên têtiyang boyongan saking tanah Jawi cacah 1500 dhatêng papan paboyongan ing Selebes. Papan ingkang kangge sadhiyan wau pasitèn maluwa ing bawah laladan Palopo, kaprênah tikungan ing Boni. Pasitèn ingriku punika sampun dipun priksa, botên kêkirangan toya. Miturut wartos ingkang badhe ngrumiyini boyong mriku têtiyang saking Ngayogya, wontên 350 kulawarga.

Tanah ngriki kêkirangan vroedvrouw. Mirid saking wontêning papriksan ingkang cocog kalihan kawontênan, ing tanah ngriki punika kenging dipun wastani taksih kêkirangan vroedvrouw, punika sagêd nitik saking cacah jiwa tiwasing têtiyang ingkang ngajal mêntas gadhah anak tuwin tiwasing bayi. Tumraping vroedvrouw wau ingkang umum sawêg pinanggih ing kitha-kitha wontên ing padhusunan taksih langka wontênipun, saha têtiyangipun inggih dèrèng mangêrtos dhatêng kajênging pitulungan ingkang makatên wau. Mila ingkang wajib tansah ambudidaya kêcêkaping pitulungan tiyang gadhah anak ingkang gêgayutan kalihan vroedvrouw wau.

Ambikak Lyceum. Benjing tanggal 1 Augustus ngajêng punika ing Malang wontên bikakan Lyceum, dene A.M.S. ingriku badhe kasuwak saking sakêdhik.

Angsal-angsalanipun S.C.S. Miturut pêpetangan, angsal-angsalanipun S.C.S ing wulan Juni kêpêngkêr wontên f 259.000,-, ing wulan Juni taun kêpêngkêr wontên f 268.000.-. Angsal-angsalan ing salêbêtipun satêngah taun punika wontên f 1.184.000.-, ing pêpetangan makatên taun kêpêngkêr wontên f 1.171.000.-

--- 891 ---

Bank Nasional. Wontên wartos, ing Cirêbon badhe dipun adani ngêdêgakên pang Bank Nasional. Ingkang ngadani Mr. Yusuf tuwin Tuwan Bajuri. Pangrancanging pawitan badhe 15 dumugi 20 èwu rupiyah.

Congres Sangkara Mudha. Kawartosakên, wiwit tanggal 23 dumugi 25 Juli punika, Sangkara Mudha ing Ngayogyakarta, badhe ngawontênakên congres manggèn ing pandhapi Purubayan. Mawi kawontênakên têtandhingan ulahraga warni-warni. Sangkara Mudha punika sampun gadhah pang wontên ing Bêtawi, Surakarta, Madiun tuwin sanès-sanèsipun. Pangrèhipun agêng manggèn ing Ngayogya.

Manggih sakeca wontên ing purug. Tiyang nama Bok Kasanrêja, ing dhusun Banyudana, Ponorogo, asli wangsulan saking Nieuw Caledonie. Kala wontên ing ngrika, Bok Kasanrêja wau kapêndhêt rencang dening Tuwan Guroo kadadosakên babu, ingriku Bok Kasanrêja dipun sihi bêndara, sakeca gêsangipun. Sarêng Bok Kasanrêja wau wangsul dhatêng nagarinipun, dèrèng ngantos sataun sampun kapurih wangsul dening satunggiling tuwan, kapurih dados koki wontên ing hotèl. Bok Kasanrêja punika ginêmanipun sampun kekuk, malah sampun mèh botên sagêd basa Jawi, pakulinanipun namung Prancis.

A.M.S. ing Purwokêrto. Awit saking panyuwunanipun golongan kathah ing Purwokêrto, supados ing Purwokêrto dipun wontêni pamulangan A.M.S. Makatên ugi tumrap golongan Missie ugi gadhah sêdya badhe ngêdêgakên pamulangan kados makatên.

Inheemsche Land en Tuinbouwcursus. Pamulangan Inheemsche Land en Tuinbouwcursus ingkang dipun adani dening "Perhimpunan Pemberantas Pengangguran Pemuda Indonesia" ing Mojokêrto, sampun sagêd ngêdalakên murid 7, wulangan 2 taun. Ing salajêngipun pamulangan wau badhe kawiwitan wontên ing tanggal 1 Augustus ngajêng punika. Ingkang Katampèn malêbêt ingriku lare wêdalan saking H.I.S., saking pamulangan angka 2 tuwin sanès-sanèsipun.

Pindhahan S.S. R. Stambul, opzichter klas 1 ing Bumiayu, kapindhah dhatêng Bandung. M. Kusno tuwin Tuwan Sanjaatmaja, ingkang sami nindakakên padamêlan opzichter klas 2, kawajibakên nindakakên padamêlan opzichter klas 1.

Pindhahan Pakaryan Pagantosan. Tuwan Cokrosêntono, onder beheerder Pakaryan Pagantosan ing Dringu, katêtêpakên dados pangagêng Pakaryan Pagantosan ingriku. Tuwan Natadisastra, onder beheerder Pakaryan Pagantosan ing Meester-Cornelis, katêtêpakên dados beheerder klas 2 Pakaryan Pagantosan ing Muntok.

Padagangan ing tanah ngriki kalihan Itali. Jalaran saya kêtingal majênging gêgayutanipun padagangan tanah ngriki kalihan Italie, wontên pamrayogi supados wontên ada-ada ngêdali wontên ing pêkên Italie. Ing pangajêng-ajêng ing taun punika sampuna sagêd ngawontênakên wêwakil tanah ngriki dhatêng pêkên ing Italie wau.

Tanêman sata Verginia. Pinanggihing tanêman sata Verginia ing bawah Bojonêgoro saya majêng. Ing kala taun 1929, têtiyang ingriku namung nanêm sawatawis dasa bau. Dumuginipun sapunika pananêmipun sampun dados 10.000 bau. Sata wau panyadenipun dhatêng British-American-Tobacco tuwin dhatêng Tabak-Export eb Import Company, inggih punika ingkang nyukani wiji, rabuk punapadene sambutan arta. Tumrap B.A.T.T.E.I.C. mawi ngawontênakên prajanjian kalihan tiyang tani. Ing bab ingkang sakintên badhe adamêl botên sakecaning golongan tani wau lajêng dados wawasaning parentah, badhe ngawontênakên panyêgah.

Inggah-inggahan. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi Têngah, R. Sudoyo, tijd. wd. Aib. ingkang nindakakên padamêlan wontên kawadanan Ambarawa, kabupatèn saha Paresidhenan Sêmarang, dados tijd. wd. Aib. nindakakên padamêlan mantri pulisi paresidhenan Kêdu. R. Adibroto, tijd. wd. Aib. nindakakên padamêlan wontên Kawadanan Mranggèn, Kabupatèn Dêmak, Paresidhenan Sêmarang, dados tijd. wd. Aib. nindakakên padamêlan mantri pulisi wontên ing Parsidhenan Sêmarang, R. Sarwo Sastrowardoyo, tijd. wd. Aib. nindakakên padamêlan ing Kawadanan Banyumas, dados tijd. wd. Aib. nindakakên padamêlan mantri pulisi ing Paresidhenan Sêmarang.

EROPA.

Nata Inggris gêrah. Wontên wartos, ing wêkdal punika Nata Inggris nuju gêrah influenza. Saking pamrayogingpamrayogining. dhoktêr pêrlu kêdah nglêrêmakên sarira wontên ing papan patirahan.

[Iklan]

ASIA.

Cholera ing Shanghai. Ing kapal Empres of Rusia kasumêrêpan wontên tiyang kêtrajang sêsakit cholera. Kapal wau lajêng kalêbêtakên ing quarantaine ing Woosung. Mubaling sêsakit cholera ingriku jalaran saking hawa bêntèr. Miturut pêpetangan, racak-racakipun ing sabên dintênipun tiyang ingkang kêtrajang wontên 70, ingkang tiwas 8. Ing wêwêngkon laladan Prancis ingriku ugi kêtuwuhan sêsakit cholera, tiyang ingkang kêtrajang ing dalêm sadintênipun 40, ingkang tiwas 4. Ing salêbêting wulan Mèi tiyang ingkang kêtrajang wontên 1700, bangsa Tionghwa, ingkang tiwas 234. têtiyang ingkang kêtrajang wau ingkang kathah sami têtiyang plajêngan saking sanès panggenan. Ing wêwêngkon Prancis ngriku sampun mriksa têtiyang cacah 1.100.000, racak-racakipun ing sabên dintên mriksa tiyang 30.000.

NAGARI WALANDI.

Kabinèt jajahan. Mr. Westerouen van Meeteren, wiwit benjing wulan October ngajêng punika katêtêpakên nyambut damêl wontên ing departement jajahan. dene salajêngipun, wiwit tanggal 1 Januari 1939 dados pangagênging kabinèt ngriku, angêntosi Tuwan Blumberger.

Pitulungan jampi dhatêng Tiongkok. Ing tanggal 10 wulan punika motor mabur Ibbis sampun bidhal saking Schiphol dhatêng Tiongkok ambêkta jampi kangge ngupakara têtiyang sakit ingkang sanès militèr. Ing bidhaling motor mabur wau dipun jênêngi ing consul jendral Tiongkok, warga-warganing comite, bangsa Tionghwa tuwin para student èstri ambêkta bandera ingkang wontên sêratanipun ingkang suraosipun suka tarima kasih dhatêng rakyat Nederland.

AMERIKA.

Nêmpuh Presidhèn Roosevelt. Ing satunggiling dintên nalika Presidhèn Roosevelt nuju tindakan nitih auto, dipun inggahi ing tiyang. Tiyang ingkang minggah ing auto wau lajêng dipun cêpêng ing pulisi sandi tuwin dipun tangani. Tiyang ingkang dipun cêpêng wau ngakên bilih anggèning minggah dhatêng auto punika badhe anggosok sêpatunipun sang presidhèn.

--- 892 ---

Wêwaosan

II Sadka Amanggihi Ratuning Sagantên.

92

Mugi wontên sih pangapuntên nata, para kênya punika botên wontên satunggal-satunggala ingkang andadosakên cocoging manah kawula ingkang minôngka dados têtimbangan kawula.

Ing sêmu sang prabu saya duka, nanging namung kèndêl kemawon, sarta lajêng paring sasmita supados para kênya sadaya wau sami mundur saking bangsal ngriku. Samangke golongan kênya tigang atus ingkang kaping tiga, katimbalan lumêbêt. Ing ngriku Sadka kuwatos manawi ngantos botên sagêd nampik malih, salajêngipun Sadka tansah tumungkul kemawon, ajrih tumênga ningali dhatêng para kênya ingkang sami lumampah wontên ing sangajêngipun. Sarêng sadaya sampun sami langkung, Sadka sawêg purun tumênga, ing ngriku pancèn nyata, ing wingking piyambak wontên satunggiling wanita ingkang alit, kêra, cêmêng tuwin awon sangêt wujudipun. Sadka lajêng ngacungi lare èstri punika kalihan matur makatên:

Dhuh, gusti pêpundhèn kawula, manawi sang prabu amarêngakên, lare èstri punika kemawon, kaparingna dados semah kawula.

Sajakipun sang prabu kirang rêna panggalihipun, ewasamantên ing sarèhning sang prabu botên karsa nyelaki janjinipun, salajêngipun inggih namung mituruti punapa panuwunipun Sadka. Badhe pangantèn kêkalih wau lajêng dipun rubung para abdi dalêm sadaya, sarta lajêng kairid lumêbêt ing satunggiling bangsal prêlu badhe kinurmatan mawi pahargyan agêng-agêngan. Sabibaripun pahargyan, pangantèn kalih lajêng kairid wontên ing kamar pangantèn ingkang rinêngga-rêngga ing sêsêkaran sae sangêt. Nanging Sadka tansah èngêt dhatêng dhawuhipun sang pramèswari, inggih punika sampun ngantos ngrangkul, agêng-agêngipun ngambung. Sadka lajêng mapan tilêm, supados salêbêtipun tilêm sampun ngantos sêsenggolan kalihan semahipun, tanganipun lajêng dipun sidhakêpakên kêncêng sangêt, lan botên watawis dangu piyambakipun lajêng tilêm kêpatos.

Sarêng Sadka enjingipun tangi, bingahipun tanpa upami, awit piyambakipun rumaos sampun wontên ing donya malih, padhanging srêngenge nyoroti badanipun karaos sakeca sangêt. Kanthi gumun Sadka ningali ing kiwa têngênipun, lan ing ngriku piyambakipun nyumêrêpi bilih sajatosipun wontên ing pinggiripun lèpèn Wolso, ing sacakêtipun kitha Nopgorod. Piyambakipun ningali ing têngênipun inggih punika papanipun tilêm ingkang èstri ing kala dalunipun, nanging ingkang èstri botên wontên, ical tanpa lari.

Kanthi bingahing manah, Sadka enggal-enggal mênyat, saha tansah nyawang dhatêng wontênipun kitha Nopgorod. Ing ngriku nyumêrêpi greja enggal, inggih punika greja yasanipun piyambak. Salajêngipun Sadka ningali ing têrusanipun lèpèn wau, lan saking katêbihan nyumêrêpi kapalipun piyambak cacahipun tigang dasa ingkang dipun pangajêngi baita ingkang mawi cèt pêthak punika. Ing wusana sarêng para tiyang kapal nyumêrêpi bêndaranipun wontên ing sapinggiripun lèpèn, bingahipun sakalangkung-langkung, sarta lajêng sami rêraosan kalihan kônca-kancanipun makatên:

Nalika ana ing têngah-têngahing sagara, kabèh padha anduwèni pangira, yèn ora kêna ora Sadka mêsthi tumêka ing tiwas jalaran kêlêm ana ing sadhasaring sagara. E, têka anèh têmên, dene têkane ing Nopgorod malah luwih dhisik katimbang aku kabèh, kabèh kapale lagi bae mlêbu ing palabuhan, dhèwèke malah wis ngantèni ana ing sapinggire kali Wolso.

Salajêngipun baita sadaya wau sami labuh wontên ing palabuhan ing Nopgorod. Sasampunipun têtiyang kapal lajêng sami mandhap saking baita sadaya, sarta lajêng sami ngêpang dhatêng Sadka. Bingahipun dene bêndaranipun wau taksih wilujêng botên kirang satunggal punapa, sayêktos tanpa upami.

Makatên ugi ingkang èstri, bingahipun sakalangkung, awit salaminipun ingkang jalêr kesah wau, manahipun tansah ajrih lan kuwatos, bilih ingkang jalêr botên beda kalihan sanès-sanèsipun nuntên pêjah kêlêm ing sagantên, awit dèrèng dangu ing sagantên mêntas wontên prahara agêng, ingkang anjalari pintên-pintên tiyang kapal dhawah ing tiwas kêlêm wontên ing sadhasaring sagantên. Kanthi tawan tangis ingkang èstri wau lajêng angrangkul Sadka kalihan wicantên makatên:

O, pangeran kula, panyuwun kula kanthi sangêt, mugi-mugi salajêngipun panjênêngan sampun tindak lêlayaran malih. Kados-kados sampun cêkap anggèn panjênêngan anjajah ing sagantên pundi kemawon. Sampun cêkap anggèn kula andhawahakên êluh, dening tansah kuwatos manawi panjênêngan ngantos dhawah ing seda wontên ing sagantên. Anggèn panjênêngan anglêmpakakên bôndha sampun cêkap. Amila panuwun kula, mugi panjênêngan sampun tindakan malih, wêlasa dhatêng kula tuwin dhatêng putra panjênêngan.

Sadka prasêtya botên nêdya lêlayaran malih, lan têtiyangipun sadaya nuntên dipun undang dhatêng ing griyanipun prêlu sami dipun pistakakên.

Sadka anêtêpi punapa ingkang dados prasêtyanipun, lan ngantos dumuginipun pêjah botên nate nilar ingkang èstri utawi anakipun malih.

--- 113 ---

No. 28, 16 Juli 1938, Taun IX.

TAMAN BOCAH

INGKANG NGÊMBANI: BU MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CENTRUM. RÊGANE SATAUN f 1.50 KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK. LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.

RATU KANG AMBÊK PARAMARTA.

Kacariyos dhèk biyèn ana sawijining ratu kang apik bantêt panggalihe sarta loma, nganti kêna diarani kapikên lan kêlomanên panggalihe. Tujune garwane rada gêmi sarta kêncêng panggalihe, upama ora mêngkono, barang-barang ing sajroning kêdhaton êntèk diparing-paringake ing sang ratu nyang para kawulane sapa bae kang wani nyuwun.

Sasuwene sang ratu angratoni nêgara kono, uripe para kawulane kabèh sênêng. Ananging wis sawatara dina, sang ratu apadene sang putri, putra-putra lan abdi dalêm ing sajroning kêdhaton padha ketok ora sênêng.

Sabên dina, yèn sang ratu sagarwa putra arêp ngunjuk wedang, wedange kêbak rêrêgêd sawang, nganti ora bisa ngunjuk, arêp dhahar mêngkono uga, arêp santun pangagêman, agêm-agêmane uga rêgêd dening sawang. Sabên dina êpyaning kêdhaton uga dirêsiki, nanging lagi bae dirêsiki wis kêbak sawang manèh. Sadina-dina jurune madharan nganti salin kapin têlu, mêsthi banjur nyuwun pamit mêtu, jalaran ora kêduga ngadani dhaharan sing tansah ana sawange, kuwatir tampa dukane sang putri.

Sang putri tansah susah bangêt panggalihe, apa manèh sang ratu piyambak, sabên dinane tansah nimbali tukang ngrêsiki êpyan, nanging ora ana sing ngêrti sababe akèh sawang mau.

Sang ratu nganti ora sagêd sare, tansah manggalih bab iku mau. Esuk umun-umun, kabèh wong ing kêdhaton isih padha turu, sang ratu jumênêng saka pasareane, nuli mriksani êpyan ing têngah-têngahing kêdhaton. Ing kono banjur ketok ana kewan kira-kira sacangkir gêdhene. Ciptane sang ratu: "O, ayake kewan kuwi sing njalari gawe rêgêd ing kêdhatonku. O, la kok jêbul mung kêmangga bae kang mêthongkrong ana ing dhuwur kono. Nanging kapriye bisaku anjupuk kêmangga, la wong samono dhuwure. Arêp mènèk, aku ya mêsthine ora bisa, wong ora kulina. Dumadakan kêmangga calathu: "Gusti, botên susah panjênêngan mènèk, kawula badhe andhawah, nanging nyuwun katampia asta kalih. Mangke panjênêngan kawula aturi priksa sabab-sababipun."

Sang ratu mangsuli: "O, iya ta, kêmangga, mudhuna, taktadhahi karo tanganku loro kanthi sênênging atiku."

Kêmangga nuli niba, tiba ing astane sang ratu. Sang ratu satêmêne gigu nyêpêng kêmangga mau, nanging saking bêciking panggalihe, babar pisan ora ngêtingalake, yèn panjênêngane gigu utawi jiji. Barêng kêmangga wis tiba ana astane sang ratu, nuli calathu: "Gusti, kawula nyuwun kalinggihakên ing dhampar kêncana."

Sang ratu nuruti apa karêpe kêmangga mau. Sawise kadèkèkake ing dhampar, nuli jlêg... malih dadi putri, calathune: "Gusti, sajatosipun kula punika jim, nglampahi kalêpatan agêng tumrap dhatêng ratu kula, lajêng kêsiku, kasabdakakên dados kêmangga, kapêrnahakên ing kêdhaton panjênêngan ngriki. Dèrèng badhe dipun pangapuntên dening ratu kula manawi dèrèng sagêd linggih ing asta panjênêngan punapadene ing dhampar kêncana kanthi rilaning panggalih panjênêngan. Sapunika kawula sampun kalêksanan, botên sanès saking pitulungan panjênêngan.

Minangka tandha panuwun lan kabingahan

--- 114 ---

kula, mangga kula aturi kopyah. Manawi panjênêngan kaparêng ngagêm kopyah punika, panggalih sagêd têguh, botên kêlomanên, samukawis ingkang panjênêngan rampungi punika mêsthi lêrês. Manawi wontên punapa-punapa ingkang kirang prayogi, panjênêngan lajêng sagêd angawisi, botên nglilani kados ingkang sampun. Dene punika pêthèn kagêm ingkang garwa, supados botên kêgêmènên kados ingkang sampun, dados kasaenanipun dhatêng para kawula sadaya babag, timbang kalihan kasaenan panjênêngan."

Sawise jim mau calathu mêngkono, nuli musna.

Wiwit iku ing nagarane sang ratu, wong-wong padha sênêng manèh, luwih têntrêm katimbang karo sing uwis. Cuthêl.

B.M.

WIWITE ANA MACAN TUTUL LAN MACAN WÊDI GÊNI.

[Grafik]

Mbah Umuk ki nakal.

Dhèk biyèn, jare kewan-kewan ing alas iku isih bisa gunêman kaya uwang.uwong. Dhèk samana ana macan isih trahing panggêdhe alas, duwe anak, sabrolan têlu padha lanang. Sarèhne Dèn Ngantèn macan mau ngêrti dina pasaran apadene wuku, mula anak-anake dijênêngake: Ngahad, Pon, lan Tambir. Karêpe bu macan mung kanggo pangeling-eling, yèn kalahirane anake mau nuju ing dina Ngahad Pon. Wukune Tambir.

Gogor têlu mau polatane padha kêrêng-kêrêng, dhasar sandhangane bêcik-bêcik, ngrumasani dadi anake macan kêcukupan, tandhane anggawèkake klambi bae padha, ulêse kuning gadhing. Durung tutul-tutul.

Dèn-dèn macan cilik mau sawijining dina dolan mênyang omahe Pak Umuk, kang omahe ana sapinggiring alas. Barêng Pak Umuk wêruh macan cilik-cilik têlu mau têka, banjur diundang: "Kene dèn, padha mlêbua ngomah bae. Apa kowe ora didukani kêng ibu, dene padha dolan mrene?"

Macan sing tuwa dhewe, Dèn Ngahad mangsuli: "Ora, malah ibu akon: yèn ngêlèh, ya njukuka wêdhuse mbahmu Umuk bae."

Batine Pak Umuk: "Dèn Ngantèn Macan ki ngajak ora omah, bocah diajari kaya ngono. Yèn ora tak apusi, bakal niwasi. Pak Umuk banjur kandha: "Apa kowe wis tau padha udud, dèn?"

Dèn Pon sing isih rada pelo mangsuli: "Dulung, hala."

--- 115 ---

Pak Umuk: "La kuwi, Dèn Tambir."

Dèn Tambir: "Aku ola lêthi."

Dèn Ngahad: "Apa udud kuwi kaya mangan, mbah."

Pak Umuk: "Iya. Iki lo tontonên." Pak Umuk banjur udud, nanging gênine diwalik, disêbul-sêbulake, ketok mêngangah ana cangkêm. Sawise banjur diwêtokake karo muni: "Wah sêgêre."

Macan têlu banjur padha diajari udud kaya patrape mau. Wah, macan têlu padha gundam-gundam karo muni panas, awit cangkême padha kêslomot gêni. Nanging Pak Umuk banjur ngarih-arih, têmbunge: "Iki jênênge; gêni, kramane latu, padhe eling-elingên. Gêni utawa latu mau satêmêne ora panas. Coba ya tak tutulne awakmu: tul, tul, tul."

Macan têlu padha gundam-gundam lan banjur padha mlayu mulih, kulite padha gosong pating trutul. Satêkane jaba disurak ing bocah akèh: "Macan tutul-tutul, macan tutul-tutul."

Wiwit iku lagi ana kang diarani macan tutul, lan wiwitane macan wêdi gêni.

Sawise adoh, macan têlu padha lèrèn, nyawang prênah ênggone Pak Umuk karo muni: "Mbah Umuk iki nakal." Sawise ngono banjur mulih karo ngapalake wulangan: "gêni latu, gêni latu."

[Grafik]

Sêdulur-sêdulur kabèh, ndhuwur iki gambare Si Kuncung lagi ngêmatake ngambah ing njumantara kaya R. Gathutkaca. Nanging gambar ini durung rampung, coba tutugna. Golèka potlod banjur urutna nomêr 1 têkan nomêr 28, mêngko rak cêtha lan apik.

S. Har.

PIS KUCING.

Godhong pis kucing iku kaya godhong lantara, kêmbange pêndul, bundêr-bundêr sakêmiri, pating klawir lêmbut, rupane ana sing jambon ana sing wungu. Godhong mau yèn dicablèk banjur dadi alum nglimprêg, sêdhela manèh tangi kaya maune, nanging yèn disenggol alum manèh. Bokmanawa ing liya panggonan beda jênênge, yèn ing basa Landa jênênge: kruidje, roer me niet. Mêlayune: dêkut-dêkut, Madurane: pottre todhus, dene Sundane: jukur riut. Dene mulabukane kêmbang mau yèn dicablèk alum, kaya dêdongengan iki:

Ing jaman biyèn ana sawijining ratu kang bangêt ditrêsnani ing kawulane, amarga saka luhuring budi, sadhengah wong mêsthi kaparingan pitulungan, anggêre gêlêm sowan ing ngarsane sang prabu, mêsthi ora dibalèkake. Akèh wong ngamanca kang padha têka ing nêgara kono, malah banjur akèh sing têtruka, muwuhi rêjaning nêgara mau.

Kacarita sang prabu kagungan putra putri kang endah bangêt. Wadanane mêncorong pindha Dèwi Ratih. Sarèhning putra mung siji, mangka kaya mêngkono kaanane, mêsthi bae sang nata sarta garwane bangêt ing trêsnane, tansah diugung ing sakarsane, apa kang disuwun ora kêna ora kudu enggal dilêksanani. Iya iku mau kang bakal ngrusak panggalihe sang putri, ora mantra-mantra ngèmpêri ingkang rama lan ibu. Saya agêng saya katon yèn bakal dadi bocah kang nakal,

--- [116] ---

ora kêna diewani karsane. Dalasan sang pramèswari piyambak iya ora sagêd nglêrêsake. Kang mangkono mau njalari sêkêling panggalihe nganti gêrah. Ing sasuwene gêrah mau sang pramèswari asring kêwiyos pangandikane mangkene: "Tinimbang duwe anak kaya ngono, aluwung ora duwe pisan, dadi ora gawe susahing atiku."

Sawijining dina nalika panjênêngane ngunandika kaya ngono manèh, kêprungu ing sawijining juru tênung kang nuli mandhêg ing ngisore jandhela pasareane sang pramèswari, unjuke: "Gusti, punapa ingkang panjênêngan ngêndikakakên, têmtu badhe kalêksanan."

Sang pramèswari kagèt bangêt, sanadyan ta tega larane, ora tega patine. Mulane wiwit dina iku panjênêngane tansah ngatos-atos, aja nganti gawe sêriking putra, awit juru tênung mau iya duwe wêling, yèn sang pramèswari nganti kêwiyos pangandikane kang sêrêng, ing sanalika iku putrane uga bakal ilang tanpa lari.

Ing sawijining dina sang pramèswari tindak amêng-amêng ing tamansari, ingkang putra iya ndhèrèk, nanging rada adoh panggonane, mêthiki kêkêmbangan kang nuli diilês-ilês ing lêmah nganti awor dadi siji. Pancène mono ingkang ibu wis grêgêtên, nanging tansah diampêt, aja nganti kêwiyos pangandikane kang sêrêng, mulane mung diemutake bae kanthi alus. Nanging kang diemutake ora rumaos, malah saya ndadra. Dumadakan sang putri kêciblokan ulêr ing pamidhangane. Sang pramèswari bangêt ing wêlase, nuli ngandika karo kumlawe astane kanggo ngilangi ulêr: "Mêngko dhisik nini, dakilangane ulêre kuwi..." Durung nganti rampung ngandika, kêdadak kasêlanan sang putri: "Ah aja nyenggol aku." Ngandikane mau karo gèdhèg lan ngunggahake pamidhangan. Wis dadi adate sang putri yèn diemutake mangsuli mêngkono.

Sang pramèswari mubal dukane, ora èngêt ing wêlinge juru nujum, ngêndika sêrêng: "Kêbangêtên sira nini, aluwung matia, aku ora gêtun." Ing sanalika iku uga sang putri musna, kang katon ing panggonan kono mung têtuwuhan cilik mawa êri, agodhong cilik-cilik kaya godhong lantara.

M. Try, Blitar.

KINANTHI.

1. Kanthi ngucap bangêt sukur / dene ing wêktu saiki / ing Kajawèn linampiran / Taman Bocah luwih adi / mula ayo para mitra / mbakyu-mbakyu adhi-adhi //

2. Padha sowan mênyang ibu / nanging ora nyang Bêtawi / cukup amung kala-kala / aku padha angaturi / dhêdhaharan kang mirasa / nanging dudu bêstik komplit //

3. Wêton Londen kang misuwur / apa manèh tarcis-tarcis / iku Bu Mar ora karsa / mula aja kliru tampi / dene wujuding dhaharan / karangan maneka warni //

4. Aja isin digêguyu / gêdhene yèn dipoyoki / niyat njarag coba-coba / ngulir lan angasah budi / sapa kang kêpingin bisa / kudu wani wirang isin //

5. Bisa pintêr saka bundhu / bisa akèh saka sithik / bisa wasis ngarang-ngarang / kudu ora amarduli / ginuyu lan pinoyokan / anggêr ora disrêngêni //

Ruk. Wlingi.

KÊKUDANGANE BAPA MÊNYANG ANAK.

Dhandhanggula.

1. Karya kidung pangudanging siwi / limrah sae dènira angudang / tan awon ngudang sutane / kilap wasananipun / kilap datan sagêd ing benjing / kawula tan kawasa / kawasèng Hyang Agung / marmane aywana pêgat / siyang ratri dènira sami mêmuji / marang kang murbèng jagad //

2. Sambèn sabên ngaso ngiring-iring / ngudang anak putune ginadhang / baguse kang kaya banthèng / dèn wêdènana iku / dadi macan anèng wanadri / bisa nabuh gamêlan / lir niyaga punjul / bisa mènèk lir wanara / pan pintêre sugih akal kadi kancil / gancanga kadi kidang //

3. Bisa nglangi kadi bèbèk brati / bisa nunggang jaran lir panêgar / bisa njogèd kaya wirèng / bisa mabur lir manuk / bisa nimbang mèmpêr bupati / doyan iwak mênjangan / kaya satriya nung / bisa mangan kaya tuwan / wruhing ngèlmu lir ngulama kang pinilih / eling kaya mukmin kas //

4. Dèn wastani nglindur angakêni / taksih malih mojar ngenggar-enggar / katibana wahyu jêbèng / kasandhunga bêgja gung / linggih sugih angadêg mukti / lumaku nyandhang mubyar / saparane mujur / dèn iring kajèn kèringan / nêmu sênêng tinut wuri ing rêjêki / nêmu sih trêsna wêlas //

5. Yèka malih mila amba kardi / ngidung ngudang supadine dadya / rênane kang ngucapake / murih tan kêmèng wuwus / cariwise pinurwakanthi / ngentha sapantha-pantha / panthane calathu / kang maca miwah miyarsa / mugi-mugi sami ngaksamaa sami / sampun ewa ing nala //

Katiyah, Badran Surakarta.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 58, Rê Lê, 22 Jumadilawal Jimawal 1869, 20 Juli 1938, Taun XIII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [893] ---

Ôngka 58, Rê Lê, 22 Jumadilawal Jimawal 1869, 20 Juli 1938, Taun XIII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Malina - Tarunging bacil sami bacil - Prakawis Ngingah Kambangan - Pralampita Panitisastra Prakawis Suka Kasêktèn dhatêng Durjana - Upacara Wêkdal ing Bali Kawontênakên Têtêpan Para Pangagêng ingkang Madêg Piyambak - Kawontênan Sajawining Praja - Marsudi Gêndhing Jawi - Tamu Agung ing Pabrik Blima - Kabar Warni-warni - Jagading Wanita.

Malina

[Grafik]

Sêsawangan tanah parêdèn ing kitha Malina, laladan Makasar.

--- 894 ---

Bab Kasarasan

Tarunging Bacil sami Bacil. Bacil ingkang Mênang utawi ingkang Gêsang Kenging Kangge Jampi.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 56.

Kula sukani verklaring 7 dintên lajêng kula wêwahi 5 dintên malih kangge ngaso, salajêngipun ngantos sapriki, asring pinanggih ing margi yèn pinuju kula mlampah-mlampah, sampun nyambut damêl kados suwau.

Sapintên bingahing manahipun tiyang ingkang sakit lumpuh lajêng sagêd mlampah makatên punika.

Yèn tiyang dèrèng nate sakit sangêt utawi sakit lumpuh, inggih botên sagêd ngraosakên, nanging tiyang ingkang nate sakit wulanan, botên sagêd anjênggèlèk lan botên sagêd lumampah, sarêng dipun jampèni, môngka sagêd saras lan sagêd lumampah kados adat, têmtu bingah sangêt.

Mênggah ingkang kula aturakên ing nginggil punika, namung minôngka kanyataanipun bab tumanjanipun jampi suntikan utawi sanèsipun ingkang pancèn kalêrêsan anggènipun namakakên, angedap-edapi yêktos mustajabipun dhatêng ingkang dipun jampèni.

Ing wêkdal pêrang agêng ing Europa (wereld-oorlog) para saradhadhu ingkang tatu pintên-pintên, saperangan cacahipun ingkang tau wau, saking kathahipun mèh botên sagêd karimatan samêsthinipun, ngantos kathah ingkang katularan rêrêgêd ingkang wontên singgatipun. Para dhoktêr ingkang mrangguli tiyang ingkang tatunipun wontên singgatipun wau, sami gèdhèg-gèdhèg, ngintên tatu-tatu wau badhe langkung risak lan rêgêd botên sagêd saras tumuntên. Ananging ing antawis dintên kasumêrêpan tatu-tatu ingkang pancèn botên karimat lêrês lan lajêng singgatên wau sadintên kalih dintên kemawon sampun katingal rêsik lajêng saras piyambak. Dhoktêr-dhoktêr sami gumun dene tatu-tatu wau sanajan singgatên têka malah enggal rêsik sarta lajêng saras. Mênggah sababipun, singgat ingkang wontên ing tatu wau môngsa rêrêgêd ingkang wontên wisa utawi baksilipun, samôngsa ing tatu wau wisa utawi baksilipun sampun ical utawi sirna, tatu inggih lajêng rêsik sagêd saras piyambak.

Pancèn tiyang utawi dhoktêr anjampêni tatu punika samôngsa tatu sampun rêsik, botên wontên wisanipun, tatu namung cêkap dipun tutupi blêbêt (verband), supados sampun kalêbêtan rêrêgêd, wisa utawi sanèsipun, awit tatu lajêng sagêd saras piyambak.

Cêkakipun ing wêkdal pêrang agêng wau para dhoktêr sami nyipati wujudipun tatu-tatu ingkang singgatên enggal sami saras, punika pancèn nyata, awit singgat ing tatu sagêd ngrêsiki utawi ngicali rêrêgêd lan baksilipun pisan, malah langkung prayogi lan sae tinimbang jampi toya sublimaat utawi sanèsipun.

Samangke para dhoktêr sampun mangrêtos lan dipun cakakên [caka...]

--- 895 ---

[...kên] sarana sêngaja mêndhêt singgatipun lalêr utawi saringan rêrêgêd ingkang ngandhut singgat. Saking cêrakèn utawi apotheek ing alam, dipun lêbêtakên ing tatu ingkang sampun wontên infectie (tatu abuh) supados tumuntên sagêd saras saèstu.

Ing jaman samangke manawi dhoktêr anjampèni tatu ingkang sampun dados borok angêmu nanah mawi singgat, punika sagêd mêling singgat ingkang sae dhatêng Laboratorium ing Europa. Awit singgat-singgat sêmbarangan singgat ingkang cêrakèn ing alam punika asring manggih singgat ingkang anggragas sangêt, tatu ingkang sampun rêsik, dagingipun sampun timah-timah badhe saras mêksa dipun krikiti dening singgat wau. Ingkang gadhah tatu ngantos kraos sakit cêkot-cêkot, yèn dalu botên sagêd tilêm. Mila dhoktêr ingkang badhe anjampèni borok wau kêdah sami mêling singgat, awit singgat saking Laboratorium punika sampun dipun priksa lan dipun pilih ingkang sae dening dhoktêr ahli ing Laboratorium wau.

Bacil ingkang kangge nanggulangi risakipun untu ingkang dèrèng mangsanipun sampun sami oglak-aglik lajêng coplok.

Dèrèng antawis lami tiyang utawi dhoktêr sami manut pamanggihipun Prof. Metsjnikow inggih punika melkzuur bacterie kangge nanggulangwinanggulangi. tatu, ingkang sampun kenging infectie dados borok ngêdalakên nanah, botên sagêd enggal saras sarana dipun lêbêti melkzuur bacterie makatên. Melkzuur bacterie sami campuh kalihan bacil ingkang ambêbayani wau, tatu utawi borok sagêd rêsik lan enggal saras.

Katarik dening kawontênan ingkang nyata makatên punika, para dhoktêr ing griya saking agêng ing Oostenrijk (Europa) lajêng matrapakên melkzuur bacterie kangge nanggulangi sêsakit-sêsakit sanèsipun ingkang thukulipun jalaran saking infectie (bacil).

Sampun katawis lan nyata tiyang ingkang sakit untu ingkang gusinipun ngêdalakên êrah, ingkang anjalari coplokipun untu, dipun jampèni mawi melkzuur bacterie, ing sawatawis dintên bacil ingkang ngrisak untu wau sami sirna ical, lan gusinipun botên ngêdalakên êrah malih. Sumêrêpipun yèn baksilipun sampun ical, rêrêgêd saking untuk kapriksa mawi microscoop rambah-rambah, untu ingkang suwau ebah utawi oglak-aglik lajêng sagêd kêkah, dene jampinipun namung kêmu ngangge toya ingkang ngandhut melkzuur bacterie wau.

R. Sumadirja, Ind. Arts. Sêmarang.

Wara-wara.

Wêdaling waosan ingkang sampun, tumindak sampun pintên-pintên wulan, saha sampun tamat kala wêdalipun Kajawèn kapêngkêr.

Salajêngipun Kajawên badhe macak waosan: Anakipun Tarsan. Kawiwitan wontên ing wêdalipun Kajawèn ngajêng punika.

Para maos kaaturan sabar rumiyin.

--- 896 ---

Bab Têtanèn

Prakawis Ngingah Kambangan.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 56.

Juragan tigan wau lêlayananipun dagang dhatêng ing kitha-kitha agêng, tigan-tigan wau wontên ingkang pangintunipun mawi sêpur, wontên ingkang lêlayaran, kados ta dhatêng Sumatra lan sanês panggenan malih. KilapKilak. mêntahan utawi sampun asinan, kula botên patos têrang, ananging tigan-tigan wau dipun tata ing pêthi lisah pèt, lèmèkipun mêrang, katata bêntêt, punika sampun botên kuwatos pêcah ing margi.

[Grafik]

Kambangan ingkang nuju wontên ing kandhang gulungan.

Kambangan sagiringan punika wêkdal dêrêsing paniganipun sagêd 60% pramila botên sagêd 100%, jalaran pawitanipun ngingah kambangan wau inggih saking sakêdhik, upaminipun tumbas 50, ing wasana jodho, punika lajêng dipun indhaki malih 25, 30 ngantos dumugi 200. Pramila nyatanipun kambangan 200 wau inggih botên racak ênèm sêpuhipun. Ingkang ênèm dêrês paniganipun, ingkang sêpuh kirang paniganipun, radin-radin ing sataun kambangan nigan 120 iji.

Ingkang sampun kulina, tumrap gadhah kambangan 200 wau sinambi ngitik-itik mêri, wontên ingkang 25 ngantos 50 minôngka sambêtipun. Manawi andhungan sampun ngangkat nigan, kambangan sêpuh ingkang kirang dêrês paniganipun dipun sade. Titikipun kambangan ngangkat nigan punika, wulu wiwit ing êndhas ngantos 1/2 gulu klimis. Dados manawi sampun kasrantosakên botên katingal titik kados makatên inggih lajêng kasade pragatan, bab punika sampun maton.

Tukang kambangan wau mêrinipun inggih tumbas dhatêng tukang mêri, sabab wontên ing purug rêkaos nêtêsakên tigan (damêl mêri wau), awit andadak ngingah ayam, lan menthog ingkang angêngrêmi, pramila pangupajiwa kambangan, lajêng karan dados kalih, inggih punika tukang kambangan, atêgês tukang tigan, tukang mêri, tukang nêtêsakên. Mêri umur 1 wulan punika ingkang limrah lajêng dipun sade, anging tumaruntun sampun ngêngrêmakên malih, awit sampun manjing panggaotanipun.

--- 897 ---

Titikipun kambangan jalêr punapa èstri, punika nalika kala taksih mêri, manawi trincing sarta swaranipun bêning: èstri. Manawi èsêg sarta badan ragi kêpu (buntêg): jalêr. Wontên malih, kambanganipun manawi amor dhatêng giringan sanès têka inggih sagêd mastani cêg: Lah kiye. Punika kula dèrèng angsal katrangan, akalipun ingkang lantip wau.

Titikaning kambangan ingkaingkang. sae, têgêsipun paniganipun ajêg, agêng-agêng lan sapanunggilanipun, inggih punika ingkang ulêsipun: langsêpan (langsêp), branjangan (ulêsing pêksi branjangan), lêmahan (warnining siti), jarakan mulus (brontok tanpa kalung).

Ingkang dipun anggêp kirang sae punika ingkang ulês: blerong (cêmêng pêthak) mulus pêthak, alisan (alis pêthak), bang-bangan (sulak abrit), punika atêgês kirang (sakêdhik) paniganipun.

Titikaning kambangan saking pawakan (wônda): badanipun nuntut (kados tuntuting pisang), gulu sêdhêng, êndhas jambe sinigar, mata buwêng kombang, cocoripun sêrung panjang, dêdêgipun lurus sarta lampahipun botên megol kados banyak, punika wirasatipun sae, kambangan bôngsa jinis agêng, wastanipun kambangan Kêdhu. Punika atêgês wêdalan tanah Kêdhu punapa baku namung nama, kula botên patos têrang.

Prakawis ingkang gêgayutan dhatêng kapitadosan, ingkang surti, têgêsipun ngêngkoki, sabên Jumuwah Kliwon damêl sajèn, kadèkèk ing payon ing padon nginggiling patarangan, dhawahipun ancak: 1e jajan pasar, inggih punika juwadah, klêpon, tape lan sapanunggilanipun, 2e sêkul liwêt lêlawuhan gêrèh pèthèk bakaran, pisang ambon, 3e kêkutug dupa.

Jadah wau ujubipun kangge: Kalinangkan lan Kalirênggêng. Klêpon kangge Ki Gêdhe Kamongan. Sêkul liwêt lawuh gêrèh pèthèk sarta pisang ijêm ujupipun dhatêng: êmbah Sunan Kalijaga.

Kajawi kasêbut nginggil, tiyang angèn kambangan ing sabin, sanadyan balêdhèg nyambêr-nyambêr, manahipun têtêg botên kuwatos kasambêr, punika jalaran gadhah kapitadosan.

Wontên ucap-ucapan, nanging kantun pocapan: Bèbèk rajêgwêsi, inggih punika kambangan jalêr, ulêsipun pêthak namung ing suku, cocor, ilat sarta jambulipun cêmêng, punika brêkahipun ngathahakên pamêdaling tigan, ananging kambangan kados makatèn wau, saking kojahipun, ing samangke botên wontên.

Namung dumugi samantên, lowung kenging kangge ular-ular. Wasana sumôngga.

Sumadi, (Pangarasan)

Pawartos saking Redhaksi.

Lêngganan nomêr: 3518. Kitab Adam Makna (Kadam Makna) punika sajatosipun botên wontên. Manawi badhe priksa kadospundi mênggah kawontênanipun Sêrat Kadam Makna, kula aturi maos Sêrat Menak Karehas. Dene buku ingkang nyariyosakên babadipun Kangjêng Nabi Adam, punika nama buku Tapêl Adam. Rumiyin ingkang ngêdalakên toko buku Rusê ing Surakarta, nanging samakesamangke. taksih utawi sampun têlas, kula botên mangrêtos. Cobi kula aturi pitakèn piyambak dhatêng ingkang ngêdalakên buku wau.

--- 898 ---

Wulang Sae

Pralampitaning Panitisastra Prakawis Suka Kasêktèn dhatêng Durjana (Tiyang Lampah Piawon).

Sambêtipun Kajawèn nomêr 57

[Mijil]

Kadi kombang duk mrih madusari / wigar samya gogrog / manohara rum raras swarane / dera wau manawa marêngi / kêdudon ing kapti / kêpati sru bêndu //

Bêndanane: sabda ngupatani / pamintane awon / nawung wisa alating ilate / sasat ula kang kêluwih mandi / sinêmu mulêt wit / candhana ing wau //

Nora wurung têmah mati garing / gapuk mrupug growong / dadi mangsan bubuk olèng-olèng / tangèh bisa ambabar wêwangi / pralambanging rêsi / miala ing laku //

Yèku dadi pratôndha kayêktin / tinêmuning awon / wêwaton mung siji sanyatane / nadyan ratu sêdene maharsi / iya padha ugi / kadurjananipun //

Panêngraning ala lawan bêcik / titiking lêlakon / singa laku ala ing panggawe / lamun ala: têtêp: ala ugi / bêcik: têtêp bêcik / salawase tulus //

Kang aala ya ala lastari / têrus winiraos / panggêng jênêng wong kang ala bae / salawase tan bisa ngalingi / yèn durung ngilangi / pialaning laku //

[Iklan]

Kang dianggo marga angilangi / ing laku piawon / tarlèn saka bêciking lakune / laku ala: yèn wus laku bêcik / nuli jênêng bêcik / alane wus lêbur //

Kang adadi: laku kang mungkasi / yaiku kang kanggo / nadyan bêcik salawas-lawase / nging wêkasan kalalin: nglakoni / piala kêbalik / bêcik kèli nêbur //

Ilang kabèh saking anglakoni / panggawe piawon / datan pae sakosok baline / nanging aja salawana uni / ina anrang wèsthi / nistha kaduk wuwus //

Akèh bae wong ngucap mancèni / cinara gêguyon / iya iku mangkene clathune: / ngarah apa saiki nglakoni / piala lan sisip / jênêng ngaji pupung //

Nguja karêp wus jamaking urip / kabèh nora mrojol / saka karêp murka kadadène / jroning donya nyatane kinardi / doning ala bêcik / lawan bênêr luput //

Mau kabèh kapurba ing ati / bisane kalakon / nora liya

--- 899 ---

saka kamurkane / ya gèk ala: ya banjur gèk bêcik / wus kodrating urip / gèg bênêr gèk luput //

[Iklan]

Prêlu apa kathik nampik milih / ala bêcik awor / ya wis êmbuh tan wruh ing wurine / amung waton kalakon saiki / ing kene kang dadi / kana: kênèng besuk //

Saikine kang binuru dhisik / anggêr bisa klakon / mituruti karêp kalêgane / gene ala ya cikmèna dhisik / besuk bae: bêcik / yèn wus dungkap lampus //

Pêsthi lêbur alane sing uwis / kabèh wus tan katon / dadi nora bangêt kêsuwène / gone ngampêt kamurkaning kapti / yèn wus cêpak pati / cumpèn bae cukup //

Nyakup ngèlmu laku bênêr bêcik / kasukcèning layon / layu-layu paran sampurnane / pinarsudi wor kawula Gusti / panggusthi ing akir / donya kurang kaur //

Angur mikir prakaraning urip / kang kudu linakon / katêkana kang kinarêpake / kapirare kèpi rèhing pati / kêbutuhe gampil / êmbuh sapa sing wruh //

Kang mêngkono kêna dèn arani / pratôndha yèn uwong / nora wêruh marang panggawene / yèn wis wêruh ya mêsthi mêruhi / laku ala bêcik / tan kaya si pocung // Badhe kasambêtan.

Pranata

Pawartos saking Redhaksi.

K. 2582 ing Malang. Bab ingkang nampèni padagangan ingkang panjênêngan dangokakên punika dèrèng cêtha. Ingkang sade pirantos, Nippon Shokai Slompretan 39 Surabaya.

K. 2118 ing Rêjasa. Samôngsa angsal, sagêd lajêng prasabên dhatêng Escompto.

K. 4940 ing Surakarta. Ju Pa, 7 Jumadilakir, Jimawal 1836 dhawah 19 Juli 1907.

--- [900] ---

[Grafik]

Upacara wêkdal ing Bali kawontênakên têtêpan para pangagêng ingkang madêg piyambak.

Gambar nginggil: Têtiyang èstri sami ambêkta sajèn lumampah anglur ing sakiwa têngêning margi agêng. Sisihipun: barisan tumbak ing Badhung. Gambar têngah: têtingalan topèng saha têtabuhanipun, punapadene para tamu nuju sami kêmbul bujana.

Sisih kiwa: Tuwan residhèn nalika mara tamu dhatêng pangagêng nagari ing Badhung.

--- [901] ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan Sajawining Praja.

Ura-uru ing Palèstinah.

Sampun dangu ing Palèstinah wontên ura-uru ingkang tuwuh saking golongan Arab tuwin Yahudi. Tuwuhing pasulayanipun golongan kêkalih punika kenging dipun wastani botên sapintêna, nanging pinanggihipun tansah anggaliyak botên wontên pêdhot-pêdhotipun, tur inggih damêl ribêd yêktos. Bab makatên punika tumrapipun ingkang tumut kêsampe, inggih punika Inggris, lajêng kêpêksa tumandang ing damêl sayêktos.

Wantuning nama pasulayan, upamia latu gampil anggèning mubal tinimbang sirêpipun. Punika sagêd kêtitik saking pinanggihing lampahan ing sapunika. Malah pinanggihipun ing minggu ingkang kêpêngkêr, kathah bom ingkang kadhawahakên wontên têngah-têngahing pakêmpalanipun tiyang kathah. Bis ingkang kêbak tiyang inggih dipun dhawahi bom.

Anggèning mêmêngsahan golongan kêkalih wau jalaran saking anggèning rêbad panguwaos wontên ing laladan ngriku. Tumraping bôngsa Yahudi angêncêngi bilih sêdyanipun wau alêlambaran ngêncêngi tanah wutah rahipun piyambak, saha kala ing taun 1917 Inggris sampun nyanggêmi kasêmbadaning sêdyanipun golongan Yahudi wau. Namung ing pangangkah sampun ngantos andhêsêk bôngsa ingkang sanès Yahudi ingkang gadhah panguwaos wontên ing ngriku. Wontênipun bôngsa Yahudi lajêng byuk-byukan wontên ing laladan ngriku punika, jalaran saking angsal pambiyantu saking Amerikah tuwin Inggris. Dene rekadayanipun golongan Yahudi badhe numbasi pasitèn saking bôngsa Arab, dhasar bôngsa Arab ingkang anggadhahi pasitèn kathah lêga dipun tumbas pasitènipun. Inggih tindaking bôngsa Arab ingkang nguwaosi pasitèn ingkang kados makatên wau anjalari pamuring-muringing bôngsa Arab ingkang nama golongan rakyat, botên mangrêtos dhatêng ubad-ubêding tindak, sumêrêp-sumêrêp sampun kathah bôngsa Yahudi ingkang manggèn ing ngriku, pasitènipun saya jêmbar. Ing wusana mangkêling manahipun bôngsa Arab wau ingkang anjalari dados urub-urubing kanêpson, tumuju dhatêng golongan Yahudi. Sarêng pinanggih kados makatên, tindak panyirêpipun Inggris namung sarwa botên damêl panarimahipun ingkang pasulayan. Dados namung sarwa botên kalêrêsan.

[Grafik]

Salah satunggiling panggenan ingkang dipun mulyakakên dening tiyang Yahudi. Ing ngriku punika ing kala rumiyin asring kadadosan campuhipun tiyang Arab lan tiyang Yahudi.

--- [902] ---

Kala ing taun 1936 wontên papriksan ing bab pasulayan ing Palèstinah, ingkang rêmbaging juru paniti mrayogèkakên supados pasitèn ing ngriku dipun pratiga kemawon, sapratigan dhatêng golongan Arab, sapratigan dhatêng golongan Yahudi tuwin sapratigan dhatêng Inggris. Inggris inggih sampun nayogyani, nanging kêdah mawi wêwaton saking panimbangipun Polkênbon. Wontênipun Polkênbon kêsampe, awit laladan Palèstinah punika nama nagari sampiran akangingkang. dipun pasrahakên dhatêng Inggris saking Polkênbon, supados mranata saenipun.

[Grafik]

Sêsawangan ing Tel. Aviv, kitha ingkang kaêdêgakên dening têtiyang Yahudi.

Tindaking papriksan wau têtêp botên dipun ajêngi ing golonggan kalih pisan. Tumrap bôngsa Arab ngrumaosi bilih badhe kecalan raosipun manunggil. Ing ngriku tumindaking juru paniti lajêng mriksa laladan ing ngriku sadaya. Ing salajêngipun supados têtiyang sami ngajêngakên punapa pamanggihipun.

Rekadaya wau katingal botên andayani, wohipun malah namung ngrêbdakakên wiji gêgêthingan, ngantos dumugining lare ingkang dèrèng ngumur, sampun kêdunungan raos gêthing dhatêng tiyang ingkang dipun anggêp mêngsah.

Ingkang makatên wau Inggris lajêng tumindak kêncêng ngawontênakên pajagèn pêrang, miji kapal pêrang tuwin wadyabala sanèsipun, anganggêp bilih nagari ngriku wontên paprangan, saha lajêng nêtêpakên undhang-undhangipun, angawisi têtiyang botên kenging mêdal saking griya sasampunipun jam sanga dalu. Dados ing ngriku kacêpêng ing panguwaos militèr.

Dangu-dangu sêrêngipun ingkang mêmêngsahan botên namung tumuju dhatêng mêngsahipun piyambak-piyambak, malah inggih nêmpuh dhatêng parentah Inggris. Sakawit inggih namung dipun êmong kemawon, nanging dangu-dangu kêpêksa dipun tandangi, saha ing sadèrèngipun têntrêm, Inggris têtêp anggèning nguwaosi ing ngriku. Ing ngriku tumraping golongan Yahudi rumaos katirkuwatir. ing manah, saupami parentah Inggris oncad saking ngriku, tamtu dipun têmpuh ing golongan Arab. Mila sagêdipun katilar kêdah manawi golongan kêkalih wau sampun sagêd rukun anggèning têtanggan. Namung kalampahan tuwin botênipun, botên sagêd mastani.

Ing sêmu golongan Arab pancèn badhe nyantosani yêktos, kados wontên raosipun badhe manunggiling bôngsa Arab sadaya. Manawi nitik wontêning dêdamêl ingkang malêbêt ing tanah

--- [903] ---

Arab, punika saking pambiyantunipun golongan Arab ing sajawinipun rangkah. Kajawi punika, inggih wontên raos ingkang anggêpok dhatêng Itali. Pangintên ingkang kados makatên punika nama botên lôngka, malah sampun kêtitik saking trajangipun Itali anggèning tansah ngêmori damêl Inggris ingkang pinanggih wigatos. Malah tumraping prajanjianipun Inggris tuwin Itali ingkang dèrèng dipun tôndha tangani, ugi wontên suraos ingkang mratelakakên supados Itali botên nyêbar wiji supados golongan Islam lumawan Inggris.

Raosipun têtiyang ingkang dipun tundhung.

Sayêktosipun tumraping bôngsa Yahudi punika tansah manggih lêlampahan botên sakeca. Ing ngajêng sami dipun tundhung saking Jêrman tuwin Ostênrik. Tumrap Palèstinah ingkang rumiyin pancèn nagarinipun, saha sampun angsal sêsanggêman badhe dipun wangsulakên, pinanggihipun wontên ingkang anduwa. Kala tanggal 15 wulan punika, ing Genève wontên rêmbag ing bab babagan têtiyang ingkang sami dipun tundhung saking Jêrman tuwin Ostênrik wau. Pinanggihing rêmbag, tumrap nagari-nagari ingkang cêlak, sami botên kêdugi kanggenan, tumrap Amerikah purun nampèni, nanging namung kadadosakên tiyang tani kemawon. Ing wusana parêpatan nêtêpakên ngawontênakên bêbadan ingkang araos badhe mitulungi têtiyang ingkang botên anggadhahi nagari wutah rah.

Bôngsa Itali dados bôngsa Ariyah.

Pinanggihing wawasan, tumrap golongan Yahudi nama manggih angin sae, dene rumaos kawigatosakên kabangsanipun. Ing sapunika gêntos tumrap bôngsa Itali ing Romê, kacariyos wontên propesor bôngsa Itali pintên-pintên angrêmbag ing bab bôngsa. Miturut karampungan, têtiyang Itali punika turuning bôngsa Ariyah. Tumrap tiyang Yahudi punika bôngsa sanès. Ingkang makatên punika, tumraping bôngsa Itali botên kawênangakên salakirabi kalihan bôngsa Eropah. Ing têmbe badhe kawontênakên undhang-undhang ingkang dhêdhasar karampunganing para ahli wau.

[Grafik]

Gambar unggulipun Jêpan sasampunipun pêrang 1 taun 7 Juli 1937 - 7 Juli 1938.

Japansche ladingen = panggènaning tiyang Jêpan lumampah dhatêng dharat. Laladan ingkang sampun dipun êbroki dening tiyang Jêpan punika mèh sami jêmbaripun kalihan nagari Walandi, Jêrman, Itali, Switsêrlan, lan Bèlgi. Dados kintên-kintên jêmbaripun sami kalihan pulo Borneo. Têtiyangipun pribumi wontên 130 yuta. Ananging kauningana, laladan ingkang dipun êbroki wau kitha agêng-agêng ing pinggir margi sêpur punapadene margi agêng kemawon.

Saèstunipun tindak makatên punika adamêl botên sakecanipun golongan Yahudi, gadhah kasamaran manawi Itali inggih badhe gadhah tindak kados Jêrman. Nanging ing pangintêning botên, awit bôngsa Yahudi ingkang wontên Itali namung sakêdhik, tuwin botên gadhah ekonomi kados ingkang wontên ing Jêrman.

--- 904 ---

Kagunan Jawi

Marsudi Gêndhing Jawi.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 56.

Pola ôngka 2.

Gd. Srikaton, Mataram, irama tamban, dipun sênggaki sarta dipun gerongi.

[Notasi]

Minôngka apilan gerong gêndhing Srikaton Mataram, kagerong salisir (Kinanthi jugag) kados ing ngandhap punika.

Nênuwun mring sagung tamu / ingkang nêdhêng lêlênggahan / panggihan ingkang minôngka / pratôndha rakêt sih trêsna //

Gd. Kinanthi Sandhung lr. sl. pt. nêm.

Pola ôngka 1

[Notasi]

Pola ôngka 2

Gd. Kinanthi Sandhung irama tamban, dipun sênggaki, dipun gerongi, sarta uran-uran utawi sindhèn.

[Notasi]

--- 905 ---

[Notasi]

Badhe kasambêtan.

R. Ng. Pringgaardana.

[Iklan]

--- 906 ---

Tamu Agung ing Pabrik Blima

Saya dangu kawontênanipun nagari Surakarta saya mindhak-mindhak, mila tumraping tamu ngamônca, samôngsa dhatêng ing Surakarta, botên kêkirangan papan panggenan ingkang prêlu dipun tingali.

[Grafik]

Tumraping Surakarta, ingkang kêgolong adhakanipun jujug para tamu saking ngamônca, punika pabrik Blima, kagunganipun Kangjêng Radèn Mas Tumênggung Widaningrat. Pabrik wau pabrik blèg tuwin sanès-sanèsipun, ingkang kêgolong agêng.

Pabrik ingkang kados makatên wau nama aji sangêt dipun priksani ing ngakathah, sanadyan tumraping para putri pisan ugi pantês amriksani.

Sampun sawatawis dintên, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Prabu Suryadilaga, andhèrèkakên ibu dalêm, Gusti Bandara Radèn Ayu Adipati Pakualam, kadhèrèkakên para darah Pakualaman, têdhak mariksani pabrik Blima, kados ingkang kacêtha ing gambar.

Ing ngriku katingal kawigatosaning para tamu agung putri tuwin kakung wau dhatêng kawontênaning pabrik Blima. Katitik saking anggèning mriksani sami titi saha katingal anggèning rêna.

Mirid kawontênanipun pabrik wau, ing ngriku katingal dados satunggiling papan panggaotan agêng, punika sagêd nitik saking wujuding barang pangasilan, tuwin sagêd mriksani kathahing punggawanipun. Dados inggih katingal bilih pabrik blima punika nama suka pitulungan dhatêng têtiyang kathah, tuwin tumraping padamêlan ing ngriku punika ugi nama satunggiling padamêlan ingkang lôngka wontênipun. Amargi tumraping pabrik dêdamêlan ingkang kados makatên punika saèstunipun namung pantês manggèn wontên ing nagari dagang, Sêmarang, Surabaya sapanunggilanipun. Dados anggèning madêg wontên Surakarta punika kenging kangge pasaksèn dhatêng kamajênganing nagari. Awit pabrik ingkang kados makatên punika tamtu gêgayutan kalihan pabrik agêng-agêng sanès-sanèsipun.

Pinuji mugi adêging pabrik Blima saya misuwur.

--- 907 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI.

Pêsantrèn luhur. Ing Surakarta mêntas wontên parêpatan angrêmbag ing bab babagan badhe adêging Pasantrèn Luhur. Ingriku Dr. Satiman mratelakakên ing bab kajênging Pasantrèn Luhur, kaji Adnan ngrêmbag ing bab caraning Islam tuwin Tuwan Mulyadi ngrêmbag ing bab rakyat tuwin Pasantrèn Luhur.

Nyukani arta f 500,-. Minangka tandha pangèngêt-èngêt kala Ned. Hamdelsbank mèngêti adêgipun sampun 75 taun, nyukani arta f 500.- dhatêng Kon. Bat. Genootschap.

[Grafik]

Karisakan ing pasisir Banyuwangi. Ing Kajawèn sampun nate martosakên karisakan ingkang pinanggih ing pasisir Banyuwangi. Mênggah kawontênanipun kados ingkang kacêtha ing gambar.

Paargyan 200 taun. Badhe wontêning paargyan mèngêti adêging nagari Surakarta 200 taun, katingal badhe agêng-agêngan yêktos. Ingriku badhe kawontênakên pasar malêm, dhawah wulan Maart 1939. Ing sapunika ingkang sampun dipun cathêt badhe bikak ing pasar malêm: P.B.M., Mij. Nederland, Departement Pangajaran, K.P.M., Imla, Niam, Pasir Nangka, Carl Schlieper tuwin sanès-sanèsipun. Ingkang sampun nyagahi sudaning waragad pangusung barang botên namung S.S. kemawon, ugi N.I.N. O.J.S., S.D.S., S.J.S. tuwin S.C.S. punapadene K.P.M. Ing sabên dalu badhe kawontênakên lotrij kanthi ganjaran barang-barang saking firma-firma, S.S. nyukani ganjaran numpak sêpur S.S. lêlahanan dhatêng Surabaya wongsal-wangsul. Kajawi punika Knilm, ugi nyagahi samangsa papan anggêgana ingkang kadamêl sampun rampung, badhe ngawontênakên lampah gêgana wontên sanginggiling kitha kangge umum kanthi waragad sakêdhik.

Paargyan ing Bandung. Miturut wartos, tumrap Bandung dhawahing paargyan mèngêti jumênêngan nata 40 taun, dhawah ing dintên badhe beda kalihan nagari sanès-sanèsipun, inggih punika dhawah wulan Januari, kasarêngakên kalihan dintên wiyosan dalêm Putri Beatrix. Ingkang kangge waragad mêndhêt saking arta tirahan nalika ngawontênakên paargyan wiyosan, taksih wontên f 4000.-. Nanging miturut taksiran arta samantên wau taksih kirang, kintên-kintên badhe ngantos f 10.000.-. Dene paargyan wau badhe mawi maargya kitha tuwin ngawontênakên paargyan sanès-sanèsipun. Tumindakipun botên mawi ngidêrakên lijst tuwin Oranje bonds kados ingkang sampun, namung badhe tumindak sarana nêdha pitulungan saking sêrat-sêrat kabar.

Warga Raad Kawula bangsa Tionghwa. Wiwit tanggal 15 wulan Juli punika, Dr. Ir. Han Tiauw Tjong katêtêpakên dados warga Raad Kawula. Dr. Ir. Han Tiauw Tjong punika warganing College van Gedeputeerden Provinciale Raad Jawi Têngah.

Pêrangan ing lautan. Nyarêngi benjing dhawahing dintên pèngêtan jumênêngan nata sampun 40 taun tanggal 6 Sèptèmbêr ngajêng punika, badhe kawontênakên barisan kapal ing lautan, manggèn wontên ing palabuhan Tanjungpriok. Comandaning wadya lautan badhe angulêmi tamu wontên ing kapal H.M. Surabaya tuwin kapal Gupêrmèn Valk, kajawi punika inggih taksih nyadhiyani malih kapal K.P.M. satunggal. Tumrap ingkang kapengin badhe ningali, kanthi ambayar kathah-kathahipun f 1.-. Kajawi kapal K.P.M. wau, Stoomvaart Mij. Nederland, Rotterdamsche Lloyd, J.C.J.L. tuwin Mij. Oceaan ugi sadhiya kangge pêrlu punika. Ing salêbêtipun sami wontên ingriku punika, para tamu badhe dipun idêri lijst derma, ingkang angsal-angsalanipun badhe kangge satunggaling fonds kangge ambiyantu tilas-tilas punggawa kapal ingkang sami nandhang cacad tuwin sampun sêpuh, tumrap fonds Generaal van Heutsz, Prins Hendrik Stichting punapadene kangge fonds kabangsan ingkang pêrlu kangge ambiyantu dhatêng golongan militèr ing tanah ngriki ingkang kêpêksa kèndêl.

Pabrik gandarukêm tuwin terpentijn. Ing wêkdal punika panggaotan gandarukêm tuwin terpentijn gupêrmèn ing Sumatra sisih lèr badhe dipun jêmbarakên, wontên laladan tanah Gayo, manggèn wontên ing papan waradin ingkang kinupêng ing parêdèn. Ingriku badhe kawontênakên pajagèn tumraping bêbaya latu ingkang gampil tuwuh wontên ing wana cêmara. Pambudidaya makatên wau pinanggihipun ing têmbe wingking tamtu langkung mikantuki.

Kintunan sarêm dhatêng Jêpan sampun sagêd pinanggih sae. Sampun sawatawis dintên wontên wartos bilih lampahing kintunan sarêm saking tanah ngriki dhatêng Jêpan kandhêg. Nanging ing sapunika wontên wartos sampun sagêd tumindak malih. Malah kala minggu kêpêngkêr kapal Jêpan Clyde Maru sampun momot sarêm 8000 ton saking Madura. Ing salajêngipun badhe têrus kacicil kapêndhêtan sabên wulan.

Angsal bintang saking Jerman. Kawartosakên, Tuwan Van de Bussche, Vice-President Raad van Indie, Tuwan Ferwerda, Commandant Zeemacht tuwin Tuwan Kiveron, Algemeene Secretaris, sami tampi bintang saking Jerman nama Garudha Jerman. Kajawi punika ugi wontên ganjaran bintang dhatêng Tuwan A.V. van der Sande la Coste. Sadaya minangka tandha lêlabêtan.

Griya sakit tiyang sakit ewah "Lali Jiwa". Griya sakit tiyang sakit ewah ing Pakêm, Ngayogya, ingkang kanamakakên "Lali Jiwa" sampun kabikak, mawi paargyan namung sapêrlunipun kemawon. Ingkang nyêpêng griya sakit wau Dr. Gongrijp tuwin Dr. Sudigdho. Griya sakit wau anggadhahi pasabinan dipun tanêmi sayuran warni-warni, dipun garap dening têtiyang ingkang sami sakit wau. Tiyang sakit ingkang dipun upakara ingriku jalêr 100, èstri 50, ingkang kala wontên ing jawi botên damêl têntrêming ngakathah. Kajawi punika, wontênipun ing griya sakit, têtiyang wau sami kapurih nyambut damêl anam-anam sapanunggilanipun.

--- 908 ---

Ngawontênakên kamar asrêp ing kapal. Panjênêngan Sultan Langkat ingkang badhe tindak nagari Walandi, anjênêngi pèngêtan jumênêngan nata, badhe nitik kapal Marnix. Panjênêngan Sultan mêling supados ing kamaring kapal ingkang dipun agêm kawontênakên pirantos ngasrêpakên hawa, ingkang basanipun ngamanca dipun wastani air conditioned, amargi panjênêngan sultan wau, wontênipun ing pura sampun kulina ngagêm pirantos makatên wontên ing gêdhong pasarean.

Inggah-inggahan tuwin ingsêr-ingsêran. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi Wetan, R. Kusno ugi nama Notokusumo, asistèn wêdana Paresidhenan Bêsuki, dados asistèn wêdana Paresidhenan Madura. M. Sumargo ugi nama M. Dirjosaputro, asistèn wêdana Paresidhenan Kêdiri, dados asistèn wêdana Paresidhenan Bêsuki. R. Hadiyussalam, Aib. nindakakên padamêlan mantri kabupatèn ing Blitar, dados asistèn wêdana Paresidhenan Kêdiri. M. Harmadi Sosrowardoyo, tijd. wd. asistèn wêdana Paresidhenan Kêdiri, dados jaksa Landraad ing Nganjuk, Paresidhenan Kêdiri. R. Harsubono, Aib. nindakakên padamêlan mantri kabupatèn ing Malang, dados asistèn wêdana Paresidhenan Kêdiri. R. Margono alias Mulyono, asistèn wêdana Paresidhenan Bojonêgoro, dados asistèn wêdana Paresidhenan Madiun. M. Hendrawardoyo. Tijd. wd. asistèn wêdana klas 2 Paresidhenan Malang, dados asistèn wêdana Paresidhenan Bojonêgoro. Moostapa, mantri pulisi klas 1 Paresidhenan Malang, dados asistèn wêdana klas 2 Paresidhenan Malang.

Inggah-inggahan saha ingsêr-ingsêran. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi Têngah, M. Ruslan alias Darsosugondo, adjunct-jaksa Landraad ing Banjarnêgara, Paresidhenan Banyumas, dados adjunct-jaksa Landraad ing Blora, Paresidhenan Japara. M. Kusno Sastrodiharjo, tijd. wd. Aib. gumadhuh ing Kawadanan Adiwêrna, Kabupatèn Têgal, Paresidhenan Pêkalongan, dados tijd. wd. Aib. nindakakên padamêlan mantri pulisi Paresidhenan Japara Rêmbang. R. Rachmad, adjunct-hoofdjaksa Landraad ing Pêkalongan, dados adjunct-jaksa Landraad ing Banjarnêgara, Paresidhenan Banyumas. R. Iskandar Martowidagdo, Aib. nindakakên padamêlan mantri pulisi ing veldpolitie ing Kutoarjo, Paresidhenan Kêdhu, dados asistèn wêdana Paresidhenan Sêmarang. Rasman, mantri pulisi klas 1 ing Wanadadi, Kabupatèn Banjarnêgara, Paresidhenan Banyumas, dados asistèn wêdana klas 2 Paresidhenan Pêkalongan.

Tatanan pabrik sês Marikangên. Pabrik sês Marikangên ing Surakarta pinanggih saya majêng. Ing sakawit namung ngangge juru nglinting 4, nanging manawi tampi wêlingan kathah inggih lajêng ngindhaki punggawanipun. Tumindaking nyambut damêl mawi tatanan sae. Miturut pêpetangan, pajêg sata ing Surakarta, dumugining têngahan taun 1938 wontên 270.000.-, ingkang mèh sadaya saking Marikangên. Adêging pabrik Marikangên mawi ngawontênakên dhoktêr kangge anjagi kawilujênganing punggawa. Manawi wontên punggawanipun ngajal, angsal pitulungan arta. Punggawa èstri ingkang nuju manak, angsal liburan sawulan kanthi angsal bayaran. Punggawa ingkang nikahan angsal ganjaran. Sabên taun ngawontênakên têtakan. Ingriku kawontênakên pakêmpalan ulah raga, ringgit tiyang, musik. Gangsanipun tigang prangkat. Ugi kawontênakên radhio ingkang mawi panyora suwara, sagêd kêmirêngan ing pundi-pundi.

Mrica saking Lampung. Miturut pèngêtan saking Centraal kantoor voor de Statistiek, mrica wêdalan saking Lampung ingkang kakintunakên dhatêng sajawining praja ing wulan Juni kêpêngkêr, dhatêng Singapura 15.441 kg, mrica cêmêng. Dhatêng nagari sanès-sanèsipun 5.003 kg, mrica pêthak, tuwin 1.622.722 kg, mrica cêmêng.

Si Tit Po kakengingakên brangus pers. Ariwarti Sin Tit Po ing Surabaya tampi dhawuh saking parentah, botên kenging kawêdalakên salêbêting 8 dintên, kalêpatan anggèning ngêwrat pakabaran ingkang raosipun isi gêgêthingan dhatêng bangsa Jêpan.

Islamitische Middelbare School. Benjing wulan Sèptèmbêr ngajêng punika ing Surakarta wontên bikakan Islamitische Middelbare School, minangka onderbouw Pasantrèn Luhur (Islam. Hoogeschool). Ingkang katampèn mriku murid tamatan saking Mulo B. utawi ingkang kasamèkakên. Basanipun Walandi sairib A.M.S. mawi babagan agami tuwin basa Arab. Sawarnining katrangan sagêd pitakèn dhatêng Ir. Marsito, Directeur H.I.K. Muhammadiyah Surakarta.

Dados dhoktêr ing C.B.Z. Bêtawi. Tuwan Wahab, Gouvernementsarts ingkang nêmbe wangsul saking verlof dhatêng sajawining praja, katêtêpakên malih dados dhoktêr manggèn ing C.B.Z. ing Bêtawi.

[Iklan]

Wêdaling barang-barang saking tanah ngriki. Miturut pratelan saking kantoor voor de Statistiek, gunggunging barang ingkang kakintunakên saking tanah Jawi tuwin Madura ing salêbêtipun wulan Juni kêpêngkêr wontên 228.200 ton, rêgi f 10.700.000.-.

Pikantukipun Landkassen kapasrahakên dhatêng P.T.T. Miturut wartos, tumrap Landkassen ing tanah Jawi tuwin Madura ingkang lajêng dipun pasrahakên dhatêng Pakaryan Post, punika pinanggihipun sagêd nyuda waragad f 400.000.- ing dalêm sataun.

Têtiyang saking tanah ngamanca. Kala taun kêpêngkêr, cacahipun bangsa ngamanca ingkang dhatêng ing tanah ngriki wontên 12.000. Sarêng ing taun punika dumugining pêpetangan 6 wulan botên sapintêna, bokmanawi jalaran saking wontêning paprangan. Nanging kintên-kintên ing salêbêtipun nêm wulan candhakipun badhe kathah.

Mêling topèng gas. Wontên wartos, Departement Paprangan ing Bandung, mêling topèng gas dhatêng N.V. Surabaya Rubberfabriek Ngagêl cacah 15.000 iji. Wêlingan punika tumraping pabrik ing tanah ngriki sawêg sapisan punika. Ing padatan pamêlingipun dhatêng Rubber Works Ltd. ing Singapura.

S.S. namung ngawontênakên bèkèl 3. Miturut wartos, S.S. namung badhe ngintunakên bèngkèl tigang panggenan, ing Manggarai, kangge damêl kreta tumpakan tuwin prabot lestrik, Madiun kangge damêl sawarnining locomotief, tuwin Surabaya-Gubêng kangge damêl gêrbong barang. Bèngkèl ing Jêmbêr, Purworêjo tuwin Bandung dipun icali.

Topografische Dienst badhe kapindhah dhatêng Bandung. Wontên wartos, gêgayutan kalihan kawigatosan praja, afdeeling 9 tumrap Departement Paprangan, inggih punika Topografische Dienst ing Bêtawi, badhe kapindhah dhatêng Bandung. Ing sapunika taksih dados rêmbag cocogipun kalihan rantaman praja.

Dados Chef Kabinet Minister Jajahan. Wontên wartos, Mr. B. Th. A. Westerouen van Meeteren, Hoofdambtenaar voor Alg. Zaken ing Departement babagan arta praja ing Bêtawi, katêtêpakên dados Chef Kabinet Minister Jajahan ing nagari Walandi. Bidhalipun benjing tanggal 3 Augustus ngajêng punika.

EROPA.

Nata Inggris sampun sênggang. Gêrahipun Nata Inggris saya suda, salajêngipun sampun sênggang. Bab anggèning badhe têdhak dhatêng Paris saèstu.

Kapal ical botên kantênan. Kala tanggal 7 Maart kêpêngkêr, wontên kapal pirantos kangge mulang matrus-matrus nama Admiral Karpanger bidhal saking Australie, layaran dhatêng Inggris. Tiyangipun sadaya wontên 62. Sasampunipun punika botên wontên wartosipun malih.

ASIA.

Bêna ing Jêpan. Ing kitha Kobe mêntas wontên prahara, toya minggah ngêlêbi kitha malih. Miturut wartos, tumrap laladan Hyogo, tiyang ingkang tiwas 442, kêtaton 4499, ical 350. Ing Kobe, tiwas 369, kêtaton 4047, ical 308.

Kêkirangan bènsin. Miturut wartos, ing Tokio kêkirangan bènsin, ingriku wontên autobus 550 sami kaewahan kangge lampah sarana gas arêng kajêng.

--- 113 ---

Nomêr 29, 20 Juli 1938, taun III.

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta: Rr. Siti Mariyam, kawêdalakên sabên Rêbo

Katrêsnan ingkang klintu.

Sambêtipun Jagading Wanita ing Kajawèn nomêr 56.

Ananging ingkang makatên punika katêrangna kanthi pasaja sababipun botên dipun sukani wau, yèn makatên anak lajêng kapok, dhatêng tiyang sêpuhipun anggadhahi wêlas, kapitadosanipun sangsaya kandêl.

[Grafik]

Nyi Darma Prawira

3. Tumrap tiyang ingkang kacêkapan, tansah anglêksanani panêdhanipun anak prêlu utawi botên, punika inggih kirang prayogi, jalaran kajawi nênuntun dhatêng kaborosan, ugi mijèni dhatêng watak ugungan, rêmên anênêdha, lumuh ing damêl, ngêndêlakên pawèhing tiyang sêpuhipun. Amila kathah lare ingkang sampun diwasa, ingkang pancènipun sampun sagêd nyambut damêl piyambak, taksih tansah angrêsahi tiyang sêpuhipun, dumuginipun sampun anak-anak taksih nunggil sagriya, ingkang bot karepotanipun dados têtanggêlaning tiyang sêpuhipun. Amila prayoginipun, ngangge cara ayam kemawon, anak manawi dèrèng diwasa dados têtanggêlaning tiyang sêpuhipun, dene manawi sampun diwasa kêdah misah, ngupados sandhang têdha piyambak.

4. Lare punika sok tukaran kalihan kancanipun dolan. Sawênèhing tiyang sêpuh lajêng murinani utawi ngrencangi, makatên wau inggih anjalari agênging manahipun lare, alêman, rêmên wêwadul, dados tumbak cucukan. Amila prayoginipun, manawi anakipun tukaran sami lare, dipun srêngênana pisan, katêrangna manawi tukar pabên punika botên sae, wohipun namung kawirangan saha kasusahan. Dene manawi rumaos botên cocog, prayogi sumingkir.

5. Wontên sawênèhing tiyang, manawi anakipun dipun srêngêni biyungipun, bapakipun murinani, makatên punika kosok wangsulipun. Makatên wau pun anak lajêng ugungan dhatêng pundi ingkang asring muri- [muri...]

--- 114 ---

[...-] nani, nama ngêbên bapa kalihan biyung, anjalari gêmpaling katrêsnan saha sudaning piyandêl. Amila prayoginipun, manawi biyung pinuju srêngên, bapa kêdah kèndêl kemawon, sukur bage tumut anêrang-nêrangakên bilih anak punika wajib ambangun turut dhatêng tiyang sêpuhipun. Pikantukipun pun anak lajêng purun angaosi dhatêng bapa biyungipun.

6. Sawênèhing lare manawi nêdha dhatêng bapakipun botên dipun sukani, lajêng nêdha dhatêng biyungipun. Sarèhning biyung punika trêsna sangêt dhatêng anak, panêdhanipun dipun sukani, sanajan dipun rencangi singidan pisan. Anak ingkang makatên wau tamtu gungan dhatêng biyung, anggêmpal katrêsnanipun dhatêng bapa, angsal wêwulang bab kaculikan. Amila prayoginipun, nandukakên katrêsnan dhatêng anak punika kêdah sarana lampah ingkang jujur, barèskurès, blaka suta. Tumanjanipun dhatêng anak rêsik manahipun.

Makatên pamanggih kula, lêrês lêpatipun kula sumôngga.

Nyi Darma Prawira

Bab Rèma.

Sambêtipun Jagadaing Wanita Kajawèn nomêr 56.

Gônda pundi ingkang dipun sênêngi, kêdah dipun kathahi. Manawi sênêng gônda mlathi, lajêng kêdah ngathahi sêkaripun mlathi. Yèn sênêng gônda kênanga, ugi sêkaripun kênanga ingkang kêdah dipun kathahi. Makatên salajêngipun. Dene kathah sakêdhiking bumbu, sagêd ngintên-intên saking kathah sakêdhiking lisah klêntik wau. Bumbu nomêr 1 dumugi 6 kêdah dipun kongsèng (gorèng ing sangan), bumbu nomêr 7-8 kêdah karajang ingkang lêmbat, sasampunipun lêmbat lajêng kacampur kalihan bumbu nomêr 9-10, lajêng kaêpe ingkang ngantos garing. Dene sadaya bumbu-bumbu wau, kacampur dados satunggal, lajêng kaêkum (cêncêm) ing lisah klêntik ingkang sampun kadamêl wau. Kintên-kintên 2-3 dintên, lisah klêntik wau sampun dados lisah wangi.

Utaminipun lisahan, punika kêdah ing wanci dalu, supados lisah wau sagêd mrasuk ing urat-urating rema. Mênggah bedanipun lisahan ing wanci siyang kalihan wanci dalu, punika yèn lisahan ing wanci siyang, sok ambodholakên rambut, jalaran saking dayanipun hawa bêntèr. Langkung-langkung manawi sabibaripun lisahan lajêng kabênteran srêngenge, saya pinanggih botên prayogi.

Pramila prayoginipun kêdah lisahan ing wanci dalu. Sasampunipun lisahan, sasagêd-sagêd kêdah dipun ore kemawon, supados pikantuk hawa, sarta hawa wau sagêda andayani lêbêting lisah dhatêng urat-urating rambut, sarta malih sadangunipun dipun ore wau saking dayaning wira-wiri, rambut sagêd ebah-ebah, wêkasanipun sagêd andayani panjanging rambut.

Sasampunipun namung kantun kêdah èngêt, sampun ngantos rambut wau wêkdal dipun jamasi ngagêm toya sabun, jalaran toya sabun punika ngrisakakên rambut. [ra...]

--- 115 ---

[...mbut.] Mênggah ingkang nguwatosi wau saking pamanggih kula, sok wontên sabun ingkang sagêd mêjahakên urating rambut, jalaran saking daya bêntèring sodha (bumbu sabun).

Prayoginipun rambut punika sasampunipun karimat kados ingkang sampun kaandharakên ing nginggil, kêdah asring kakumbah, supados amrih langkung sae, pangumbahipun botên namung cêkap toya kemawon, utawi botên kêdah mawi toya sabun.

Ing nginggil kula nêrangakên bab: rambut sagêdipun kêtêl utawi panjang. Sasampunipun panjang utawi kêtêl, rambut taksih ambêtahakên sagêdipun lêmês sarta cêmêng mêlês gilap warninipun. Sagêdipun lêmês sarta cêmêng mêlês gilap sorotipun, punapa malih sagêd nêbihakên sêsakit sindap utawi uwan, inggih punika: salêbêtipun 1-2 minggu rambut punika kêdah kakumbah, nanging pangumbahipun kêdah mawi toya wantah (toya matêng) mawi dipun kêcêri toya jêram pêcêl. Upaminipun: toya wantah 2 litêr kêdah kakêcêran toya jêram pêcêl 4-5 iji. Sasampunipun garing, lajêng kakumbah malih kalihan toya lôndha awu pawon, sukur sangêt, lôndha awuning mêrang pantun krètèk. Nanging toya wantah ingkang kakêcêran jêram, sarta toya lôndha kasêbut nginggil, kêdah dipun êbun-êbunakên rumiyin sadalu.

Namung samantên andharan kula, lêrês lêpatipun nyumanggakakên.

Êmbok Sundiyah, Mijèn (Boja)

Bab Olah-olah.

[Grafik]

Rara Sutinah

9. Sambêl kêmangi.

Tempe bungkil kabakar ingkang ngantos jêne, bumbunipun: lombok rawit, kêncur, sarêm, gêndhis sakêdhik, lajêng kaulêg lêmbat, kêmangi ingkang sampun kakumbah, kacampurna kaulêg mônda-mônda.

10. Sale Gorèng

Amundhuta pisang ingkang sampun matêng, ingkang sae pisang ijêm (pisang lumut), kaoncèkana, lajêng kasigar dados tiga, kapepe kalambarana mêrang, kawolak-walik, manawi sampun garing, angêjurana glêpung wos, ingkang kapara kênthêl, sale wau kawêdhakana, nuntên kagorèng ingkang ngantos jêne sumringah.

11. Cimplung

Pisang ingkang matêng, kairis-iris tipis, glêpung gandum kaêjurana mawi santên saha kasisiran gêndhis, irisan pisang kacampurna, nuntên kagorèng, kacidhukan sasendhok-sasendhok.

Sutinah, Cililin, Bandhung.

--- 116 ---

Kagunaning wanita.

Kados para maos botên badhe kêkilapan, ing bab tumindaking damêlipun para wanita ing jaman sapunika, punika kenging dipun wastani sampun nyarambahi dhatêng golongan pundi kemawon, ingkang adhakan ing suwaunipun katindakakên dening têtiyang jalêr, têtiyang èstri ing sapunika sagêd ngêcakakên.

[Grafik]

Para wanita nuju sami tumindak ing damêl wontên ing pabrik tudhung ing Tanggêrang.

Ing ngriki badhe ngandharakên ing bab tumindaking damêlipun têtiyang èstri ing bab anam-anam. Padamêlan anam-anam punika wiwit kala rumiyin mila têtiyang èstri pancèthahpancèn kathah. ingkang sampun sami sagêd, amila inggih botên anèh bilih padamêlan wau, tumraping jaman samangke punika saya majêng. Kados ta manawi nitik kawontênaning pabrik tudhung ing Tanggêrang, ingkang ngawontênakên padamêlan anam-anaman damêl tudhung wau, saya dangu saya mindhak sae dêdamêlanipun, lan sampun sagêd adamêl tudhung ingkang kawastanan tudhung panama, kacêtha ing gambar, saha sampun dados padagangan agêng. Wontênipun padamêlan kasêbut ing nginggil wau, ing ngriku kathah para wanita ingkang sami nindakakên.

Malah ing sapunikanipun tumraping para wanita ingkang suwaunipun ngêmungakên nyambut damêl anam-anam wontên ing pabrik Tanggêrang kasêbut nginggil wau, sampun sagêd nindakakên padamêlan sanèsipun, inggih punika nindakakên ing damêl caraning ngupakara tudhung punapadene ambangun warnining tudhung wau, ingkang ing sapunika wujudipun dados sae lan pèni, saha ing sapunika sampun sumêbar dhatêng ngamônca.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 59, Stu Wa, 25 Jumadilawal Jimawal 1869, 23 Juli 1938, Taun XIII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [909] ---

Ôngka 59, Stu Kli,Wa. 25 Jumadilawal Jimawal 1869, 23 Juli 1938, Taun XIII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt - Têtêpan Para Pangagêng ing Bali - Pralampita Panitisastra Prakawis Suka Kasêktèn dhatêng Durjana - Desa Mawa Cara, Nagara Mawa Tata - Mêncarakên Têtuwuhan Sarana Peranganing Wit - Angsal-angsal saking Kêkesahan - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Pangungsêt

Nguja Gagasan.

Tiyang nguja gagasan punika sayêktosipun satunggiling kanikmatan, upaminipun: besuk yèn aku olèh lotre, arêp gawe omah sing gêdhe, sabên kamar tak dokoki radhio. Mêsthine manganku tak tata, sajrone sêsasi ora kêna olah-olah kang tumbuk, dadi apêse kudu duwe koki sing pintêr olah-olah. Bojoku kari tak angkruk-angkrukake. Ana kae kudu nganggo para nyai. Enake besuk yèn antuk lotre diparani dhewe nyang Bêtawi, nunggang sêpur bêngi, têkan Bêtawi nunggang taksi, mênyang kantor paktori, banjur muni: slamêt pagi, saya ini orang yang dhapêt lotri, dhengan sêgala sênêng ati, saya ambil sêndiri.

Kados makatên ngalunturing gagasan manawi dipun uja, botên kêraos manawi anggèning murwakanthèkakên ngantos kados andhêging gandrungmanis. Jêbul nyatanipun dèrèng tumbas lotre. Namung ing batos sampun kêraos sêgêr, dhasar wataking gagasan punika pancèn namung kêdah milih ingkang eca tuwin sakeca. Têmtunipun lôngka tiyang anggagas: sesuk aku mlaku-mlaku, banjur kêplindhês motor. Sawise motor mlindhês, banjur ana sêpedhah urut-urutan, mlindhêsi awakku kabèh.

Pangunandika ingkang nglêmpara sadaya wau, manawi dipun gagas panjang, pancèn namung damêl kapitunan: thok, apêsipun tiyang ingkang rêmên nguja gagasan punika gadhah watêk kêsèd. Kêsèding lair, katingal anggènipun lumuh nyambut damêl, inggih dados tiyang rêmên nganggur. Manawi dipun pêndhêtakên kabatosanipun, kêsèding batos punika inggih ingkang nguja gagasan wau, batosipun lumuh nyambut damêl ingkang yêktos.

Ingkang makatên wau, saking cariyosipun tiyang sêpuh, tumraping tiyang ngudi ngèlmi batos, ragi dipun sirik. Dene anggèning kasirik, prêlu kangge nyinau ngringkês dhatêng kabatosan, sampun ngantos balayangan dhatêng pundi-pundi, awit sanadyan namung gagasan, manawi dipun uja ugi sagêd awoh, wohipun wau warni kalih, satunggal angglewang dhatêng supe, saking sênêngipun lajêng rêngêng-rêngêng piyambak. Dene satunggalipun, manthênging èngêt, lajêng rumaos numpak sêpur dalu yêktos.

Sawêg cara cangkrimanipun, upami tiyang ambadhe, kalih punika sami lêpat.

Punapanipun.

Cêkruktruna.

--- 910 ---

Têtêpan para Pangagêng ing Bali

Tumrap kawontênan ing Bali punika adhakan dados wiraosanipun tiyang kathah, awit saking kathah ingkang elok-elok. Mirid cêcariyosan ing jaman kina, Bali punika inggih kêrêp kêcangking.

[Grafik]

Para pangagêng Bali punapadene para pangagêng nagari golongan Walandi lênggah ajèjèr-jèjèr.

Ing sapunika wontên kêparêngipun parentah, para pangagêng ing Bali sami katêtêpakên madêg piyambak. Ing dhawahing dintên nalika nêtêpakên wau mawi kawontênakên pahargyan agêng-agêngan. Para agêng wau sami mangagêm kaprabon jangkêp, ing ngriku katingal èdi-pènining pangagêman tuwin sêmuning tatacara Bali, punapadene têtingalan tuwin sêsaji ingkang mujudakên dêlês kêbalènipun.

Dhawahing pahargyan wau kasarêngakên kalihan tanggap warsa Bali, ingkang tumraping bôngsa Bali dipun anggêp dintên ingkang sakalangkung mulya. Manggèning pahargyan wontên ing pura Bêsakih, satunggiling papan panggenan ingkang dipun aji-aji.

Ing sadèrèngipun miwiti pahargyan, para pandhitaning agami, ingkang dipun wastani padhandha tansah gumrumung mêmuji linut ing dupa kumêlun ingkang tanpa kêndhat, tuwin anjrahing sajèn maneka warni, adamêl singêring papan ngriku.

Sasampuning wanci, para pangagêng praja Bali ing Karangasêm, Klungkung, Bangli, Bulèlèng, Badhung, Tabanan, Gianyar tuwin Jêmbrana, sami lênggah satata wontên ing ngandhap, wontên sangajênging padhandha kanthi

--- 911 ---

angadhêp sajènipun piyambak-piyambak. Ing ngriku lajêng kapatrapan sumpah miturut adat cara Bali.

Sapragading sumpah, para pangagêng wau sami jumênêng, tuwan residhèn lajêng mêdhar sabda ingkang suraosipun aparing sumêrêp ing bab awrating padamêlanipun pangagêng nagari. Mugi sadaya sagêda tumindak sêsarêngan, ingkang sagêd murakabi dhatêng rakyat sadaya.

pangagêng Karangasêm amangsuli atas namaning para pangagêng Bali sadaya, ngaturakên panuwun dhatêng parentah anggèning kaparêng mangsulakên paprentahan raja-raja ing Bali.

Wusana lajêng sinaksèn ngunjuk sêsarêngan, saha kanthi ngucap kasugêngan dalêm kangjêng tuwan ingkang wicaksana saha Sri Bagendha Maharaja Putri tuwin darah oranyê nasao.

Sasampunipun punika lajêng bibaran, bidhal saking BakasihBêsakih. dhatêng Gianyar. Ing ngriku kawontênakên pahargyan têtingalan warni-warni tuwin kêmbul bujana.

[Grafik]

Gambar nginggil: para pangagêng Bali lênggah ing gêlaran nuju sami sumpah. Ngandhap: Pêdhandha Gde Manoeaba nuju maosakên sêrat sumpah.

Kawontênaning pahargyan ngriku sakalangkung rame, wontên ingkang warni têtingalan, wontên ingkang wujud sêsaji tuwin sanès-sanèsipun. Ing ngriku katingal arjanipun nagari Bali ingkang taksih wêtah caraning kabangsan, ingkang pantês dipun uningani ing bôngsa ngamônca. Wusana wilujêng.

--- 912 ---

Wulang Sae

Pralampitaning Panitisastra Prakawis Suka Kasêktèn dhatêng Durjana (Tiyang Lampah Piawon).

Sambêtipun Kajawèn nomêr 58

[Pocung]

Ambêbêrung ngudung mung anggudèl bingung / bungah buwang wulang / sêsulanging ala bêcik / bênêr luput alacut cipta tan beda //

yèn kêbacut kadudon sida kêdaud / adate tumindak / kaduk wani kurang dugi / adi guna dirgamane mring sasama //

mupung durung yèn kêna kinèn mêmurung / pamuranging marga / muga dèn samnya ngawruhi / wirayating kang para janma utama //

kawruh iku mêruhkên sarwa tumuwuh / wong urip nèng donya / dènnya mêsthi sami manggih / ing lêlakon ala bêcik bênêr lêpat //

patut nyuluh bedane mrih nora worsuh / dadi duk ing donya / sonya bêbayaning urip / bungah susah bêgja cilaka apanggah //

anggêr manut bênêr bêcik kang tinurut / sanadyan tumêka / pantaka papa kêpati / tanpa krasa mung sarwa suka tarima //

krana laku bênêr lawan bêcik iku / kang môngka panggonan / karêping ngurip sajati / dèn upaya marang sadaya manungsa //

dadi dunung pandoning ati sawêgung / mulane yèn janma / wus alaku bênêr bêcik / yèku tôndha kayêktèn têkan panggonan //

nora klèru kêsluru manggon kang dudu / tuju jati paran / panêngraning bênêr bêcik / yèku aran sampurnaning kawêkasan //

lire gadug lakuning ati wus kêtug / tan ana panggonan / kang kanggo gon malih-malih / mung dumunung nèng bênêr bêciking lampah //

dene mau mungguh lungguhe ing kawruh / kanggone ing guna / ginawe goning wong urip / ingkang samnya dumadi ing donya uga //

lawan mau ênggon kanggone ing laku / iku iya uga / kanggo gawening wong urip / nora kanggo gawening wong kang wus pêjah //

marmanipun puntoning ati wong lumuh / ngumbar kasaguhan / ênggone nglakoni bêcik / sinêmayan yèn wis parêk ing pralaya //

layak cucud / lêlucon lacut kêbacut / cat-cuting wicara / kêtrucut rucah ing nguni / wani nêmah panyamah janma kang pêjah //

wus kêpatuh dhêmên gêguyon nalêtuh / lah sapa sing nanggap / sanggup gone laku bêcik / nganggo nganyang kaya nguyahi wong potang //

ngira wêruh ing dina pati wèh tuduh / tindak ngulêr kambang / titahe angêlon-loni / pati iku praptane tanpa têngara //

kadi pandung singidan dènnya tumanduk / tumindak limunan / manglimpe kang duwe panti / pangintene nganti satêkaning lena //

yèn wus lampus salwir pêpêsthèn wus putus / tutup pintu tobat / ala bêcik nora bali / lamun ala salawase tulus ala //

angalangut uwus nora nganggo puput / tanpa kêna owah / nora nganggo dèn wangêni / pedah apa awèh warah wong kang pêjah //

ala ayu wus nora kêna linayu / wus wayu ing wayah / ewuh apa duk ing urip / anèng donya pagene kasonyan sêdya //

endah lamun

--- 913 ---

urip nganti satus taun / patut yèn abota / nglakoni panggawe bêcik / bobote mung sapandurat prandene wrat //

yèn pinetung timbanganing tikêl gulung / urip jroning donya / lan urip sajroning pati / tanpa watês tanpa petung tanpa wêkas //

jaman lampus salawase tanpa uwus / wus ana pratôndha / kayêktèn kanggo pasêksin / durung ana wong warêg urip nèng donya //

nadyan pikun wus tan têdhas sêrit timun / nanging ijèh jênak / ngrasa enak krasan urip / anèng donya ngimpi pati kipa-kipa //

ngono iku saka sanyatane mêngku / pangaku rumasa / yèn mung sadhela wong urip / anèng donya mampir ngombe saclêgukan //

yèn tinêpus lawan têtêping wong lampus / wus dudu ukuran / nora irib angèmpêri / nora nana kang kêna kinarya pama //

mula lamun padha lumuh sumêdya yun / gawe kabêcikan / prasasat uripe mukir / krana urip kadarbe ing kabêcikan //

yèn tan ngayuh gawe ayuning tumuwuh / iya iku uga / têtêp tan arêp mring urip / laku ala kukume kawêngku lena //

liring lampus yaiku klumpuking laku / sakalir piala / gumolong dadi sawiji / panggêrbane kabèh banjur jênêng pêjah //

pamanipun patêmoning ala mau / kaya ta pituna / rusak datan na pisakit / lan liyane kang klêbu labêt piala //

kaya kang wus padha winirasèng wuwus / kawursitèng ngarsa / saksêrik lan wirang isin / panunggale mau golongan piala //

wus kinumpul dadi sajuga pinikul / iku ingaranan / têtêp tumêka ing pati / tômpa siksa klumpuking laku piala //

[Iklan]

dadi lampus iku pialaning laku / kang padha tinêmah / marma yèn ana wong muni / wani pati nora patut pinitaya //

dening wuwus wose mung waton kawêtu / nanging kang sanyata / durung wanuh amêruhi / kang ingaran pati iku têgês apa //

pama wêruh têgêsing pati tan tambuh / baya banjur ngrasa / sèwu pinuwunging ati / dene pati jêbul thukuling piala //

awit emut saksêrik thithik tan ayun / aywa manèh rusak / lamun gêlêma nglakoni / yèn kênaa sajêge aja kapanggya //

jangji tuhu sipat janma nyiji tuju / mêsthi padha uga / nora beda nunggal ati / tanpa ana kang datan nampik lêlara //

môngkanèku têgêse wus mêsthi lumuh / ya marang piala / liring ala dèn arani / katêmahe tinêmu lêlara sukma // Badhe kasambêtan.

Pranata.

--- 914 ---

Tanah dalah Têtiyangipun

Desa Mawa Cara, Nagara Mawa Tata.

(Caranipun tiyang gadhah anak ing tanah Indramayu).

Paribasan kasêbut ing nginggil, wiwit kula taksih alit sampun asring mirêng, dene wosipun namung anyêthakakên satunggal-tunggaling panggenan ambêkta cara piyambak-piyambak.

Ing ngandhap punika kula badhe anyariyosakên tatacaranipun tiyang ing padhusunan bawah ondêr dhistrik Sliyêg, wêwêngkon Kabupatèn Indramayu. Dene ingkang badhe kula cariyosakên rumiyin bab caranipun tiyang gadhah anak (bayèn). Bayi ingkang nêmbe lair mêsthi têrus dipun namakakên, miturut kasênêngan utawi petanganipun piyambak-piyambak. Ing wêkdal punika sarana ngawontênakên wilujêngan alit-alitan (bancakan), ingkang ngêpang lare alit-alit. Dene tôngga têpalih, sami dipun êtêri brêkatan, brêkatan wau inggih botên sapintêna, malah lawuhanipun namung awujud kuluban, manawi tiyang ing ngrikunipun mastani rumbah. Punika namung gadhah sêdya kadosdene nyukani sumêrêp, yèn ing wêkdal punika pun anu gadhah anak. Tiyang ngriku amastani bêlehan.

Bayi umur pitung dintên, limrahipun sampun pupak, lajêng wilujêngan ragi agêng, sabab ngiras namakakên jabang bayi wau. Dados tumraping lare ing ngriku sami gadhah nama kalih, satunggal nama kalairan, kaping kalih nama umur pitung dintên, nanging ingkang limrah dipun angge, inggih punika nama ingkang kaping kalih.

Bayi ngumur kawandasa dintên, lajêng cukuran. Lah punika tumraping tiyang ingkang ragi kacêkapan, inggih gadhah damêl agêng-agêngan. Cukuran punika kenging kula perang dados tigang golongan.

a. Bôngsa priyantun.

b. Bôngsa santri.

c. Bôngsa tiyang padhusunan limrah.

Tumraping cukuran putraning priyantun botên kula andharakên, amargi tata lan caranipun botên wontên ingkang nama nyalênèh. Dene cukuranipun bôngsa santri, punika ing dalu ajatipun sarana maos barjanji, jabang bayi sampun kasadhiyakakên wontên ing têngah-têngah, kinubêngan para tamu ingkang dalu punika dipun ulêmi nênggani kajat wau. Bayi wau dipun dèkèk wontên ing baki utawi tampah, dipun lèmèki montên, lan sacêlakipun bayi wau sampun wontên cawisanipun lading panyukuran tuwin toya sêkar sataman kawadhahan ing wijikan. Yèn pamaosipun barjanji sampun dumugi srakal (inggih punika mangsanipun têtiyang ngadêg sadaya), jabang bayi dipun pêndhêt sabakinipun, lajêng têrus dipun idêrakên dhatêng para tiyang wau. Tiyang ingkang kalêrês kadhawahan idêran, botên talompe, cêg nyêpêng lading lajêng têrus nyukur pun jabang bayi, nanging namung sasrekan, gêntos dhatêng sanèsipun malih, inggih makatên, ngantos têpung gêlang. Yèn sampun têpung gêlang dèrèng

--- 915 ---

rampung panyukuripun, inggih lêstantun kaubêngakên malih, ngantos sarampungipun. Tumraping kajat ingkang kathah ulêm-ulêmanipun, trêkadhang dèrèng ngantos mubêng kêmput sampun sagêd rampung. Botên kasupèn ing nalika punika nyênyamikan saha sajèn-sajèn sampun cumawis. Yèn sampun rampung bayi kalêbêtakên, katampenan dening dhukunipun, têrus dipun sukakakên dhatêng êmbokipun. Sasampunipun dipun dongani lajêng mêdal wedang têrus kêpangan, lajêng bibar. Dene sajènipun dipun sukakakên dhatêng tiyang ingkang sakukuban ngriku kaanggêp pinunjul piyambak. Rambuting jabang bayi kaatos-atos sangêt, enjingipun têrus dipun pêndhêm, utawi kalarung dhatêng lèpèn.

[Iklan]

Tumraping cukuranipun tiyang dhusun ingkang limrah, inggih namung ngawontênakên wilujêngan saprêlunipun. Ananging ingkang kapetang cêkap, ing dintên têtêp umur kawandasa dintên, ing wanci enjing sampun rame suwaraning gamêlan, tiyang-tiyang ugi kathah ingkang sami dhatêng, wontên ingkang nyumbang, wontên ingkang prêlu namung rencang kemawon. Jam 8 enjing lare (bayi) dipun cukur dening dhukunipun, sarana dipun rubung dening têtiyang ingkang sami andhatêngi. Rambuting jabang bayi kaklêmpakakên, kawadhahan ing takir ingkang rinêngga-rêngga, takir wau katumpangakên ing satunggiling papan ingkang wujudipun kados amben-ambenan, lan mawi pikulan ing sabên pojokipun. Yèn sampun rampung pangrêngganipun, lajêng dipun pikul tiyang sakawan, kabêkta dhatêng lèpèn ingkang sampun katêmtokakên badhe kangge pambucalipun (panglarungipun), adatipun dhatêng lèpèn ingkang sakintên têbih saking panggenan ngriku, amargi pambêktaning rambut wau sarana dipun iring-iring ngangge tabuhan miturut kasênênganipun tiyang piyambak-piyambak. Ingkang limrah ngangge gôngsa (monggang). Dene ingkang ngiring sadaya sanak sadhèrèkipun, tuwin ginarubyug dening kathahing lare ingkang sami ningali. Sawangsulipun saking ambucal rambut, lajêng sami ngêpang kajat (wilujêngan). Ing dintên punika ugi dipun wontênakên têtingalan manut sênênging tiyang ingkang sawêg gadhah damêl wau, upami: topèng, ringgit wacucal, lan sapanunggilanipun, makatên ugi ing dalunipun pisan. Dumugi enjing nêmbe bibaran. Samantên anèhipun tiyang gadhah bayi ingkang sampun asring kula sumêrêpi ing padhusunan bawah kasêbut nginggil.

Mashud.

Gadhingan, S.S. Jatibarang.

--- 916 ---

Kawruh Sawatawis

Mêncarakên Têtuwuhan Sarana Peranganing Wit.

Têtuwuhan punika ingkang kathah-kathah linta-lintu sari, namung sawatawis ingkang angsal sarinipun piyambak, inggih punika kacang cina, pantun lan sapanunggilanipun. Têtuwuhan ingkang linta-lintu sari punika manawi dipun tanêm, limrahipun dados wit ingkang botên ngêplêki êmbokipun utawi babonipun, inggih punika ingkang kawastanan malih, dene sababipun, amargi wiji wau sampun blastêran utawi botên murni, dados ngandhut wataking bapa lan êmbok.

[Grafik]

Wit-witan ingkang kasambung.

Supados tiyang badhe ambibit satunggaling sêsêkaran utawi wowohan punika angsal sêkar utawi wowohan ingkang lugu, punika kêdah ambibit sarana peranganing wit. Mênggah caranipun anggèning mêncarakên peranganing wit inggih punika:

1. nurus (stekken), | 2. mothèl (scheuren), | 3. wit andaging (knol), | 4. nyangkok (marcotteeren), | 5. mêndhêm (afleggen), | 6. nyambung (enten), | 7. anggathukakên (plakken), | 8. nyuthat (oculeeren), | 9. peranganing godhong (begonici), | 10. sarana oyod.

Mênggah pêprincènipun 10 prakawis ing nginggil punika kados ing ngandhap punika:

--- 917 ---

[Iklan]

1. Nurus (stekken).

Ingkang kawastanan nurus punika nanêm peranganing pang utawi wit ingkang botên ngangge dipun punapak-punapakakên ing sadèrèngipun. Botên sabên têtuwuhan punika kenging dipun turus.

Limrahipun ingkang kenging dipun turus punika têtuwuhan ingkang botên gadhah wiji, utawi ingkang wijinipun angèl thukulipun. Têtuwuhan ingkang kenging dipun turus upaminipun: pohung, tela, waru, luntas, kêmlandhingan, dhadhap, kelor, randhu, mawar, wora-wari, andong, sana, trêmbêsi, jarak pagêr, rosan, sêdhah, lan sapanunggilanipun. Nurus punika patrap ingang gampil piyambak, emanipun botên sabên têtuwuhan kenging dipun turus.

Perangan ingkang dipun turus punika botên kening kêsêpuhên sarta botên kenging kênèmên. Ingkang panurusipun mêndhêt perangan ingkang ragi sêpuh inggih punika: pohung, randhu, kelor, dhadhap, luntas, mawar, waru, kêmlandhingan, andong, trêmbêsi, jarak pagêr, lan sapanunggilanipun. Dene ingkang panurusipun mêndhêt perangan ingkang nèm inggih punika: tela rambat, panili, rosan, sêdhah, mrica, cabe, kênthang cêmêng, kangkung, markisah lan sanès-sanèsipun. Badhe kasambêtan.

Rutam (R.T. Adi Sumarta).

N.Scr. Purbalingga.

--- 918 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Angsal-angsal saking Kêkesahan.

I.

Garèng : Wah, Truk, lungamu kuwi rak mung rong minggunan, nanging rupamu têka katon sumringah, lan sajake katon... ayub-ayubên mêngkono.

Petruk : We, la, ora gênah, wong aruh-aruh kathik ngalor ngidul, dhisike aku diunèkake katon sumringah, iki rak gêgambarane wong sing waras wiris kae, nanging wusanane diarani: ayub-ayubên, hla iki rak gêgambarane wong sing karipan kênthêl kae.

Garèng : Wèh, kok iya mèmpêr wong sing karipan bangêt diunèkake karipan kênthêl. Awit lumrahe mripate pancèn iya sok ambalèbèk kênthêl. Ora, Truk, anggonku ngarani kowe iya sumringah, iya ayub-ayubên, kuwi wis bênêre, awit, wong rong minggu lawase kok mung dikon palêsir-palêsir, kathik disangoni manèh, dadi sajêrone rong minggu mau kowe mung dikon: dolan, sênêng-sênêng, mangan, turu, lan... nyang buri.

Petruk : Wayah, sing pungkasan iki ambok ora susah mèlu disêbut, ngênêg-ênêgi, Kang Garèng.

Garèng : Kowe kuwi pancèn iya wong sing pantês disêbut: ora kobêr pikirane, mulane sok banjur gêlêm ngrèmèhake nyang wajib. Wong nyang buri ora kêna mèlu disêbut, iki wajib nomêr wahid, Truk. Arêpa kowe sugih dhuwit, bisa palêsir-palêsir, main royal, lan main ropyan-ropyan, nanging yèn lali anggone nyang buri, apa ora bisa kalakon... ambêdhêdhêg. Apa sênêng kuwi. Wis, aja tungkul nyêlani rêmbug bae, rungokna, tak banjurne katêranganaku. Mara, Truk, ingatase sajêrone rong minggu mung dikon sênêng-sênêng, ora dikon nyambut gawe apa-apa, mêsthi bae yèn banjur bisa sumringah, awit bisa ngaso... pradan.

Petruk : Tobat-tobat, ana ngaso kathik ngaso pradan. Iki ngaso sing kêpriye, Kang Garèng.

Garèng : Iki ngasone priyayi, Truk. DèkNèk. ngasone wong lumrah, kuwi lèyèh-lèyèh nyang lincak, sinambi udud, ingsiyong, karo ngalamun, têgêse: anggagas sing ora-ora, nanging iya sing kêpenuk-kêpenuk kae. Seje karo ngasone priyayi, kuwi sarana plêsir-plêsir, royal-royalan ropyan-ropyan, mulane waragade iya sathekruk. Apa iki

--- 919 ---

ora pradan arane. Sing diprada kuwi: paningalane, sabab mriksani sing sêgêr-sêgêr, sing ora sathithik waragande.Waragade. Lidhahe, sabab dhahar sing nyamlêng-nyamlêng, malah uga mrada... têleke. Wis, wis, Truk, rungokna manèh. Kowe mau tak arani: katon ayub-ayubên, iki ora kêna dipaido, awit sadalan-dalan kowe mêsthine kêrêp karipan, jalaran saka nonton: pasar malêm kridhamataya, wayang wong, kêthoprak, lan sapiturute. Hla, têkane ing Batawi manèh, mung kèri pènsiyunane anggonmu têrus-têrusan karipan mau, mulane katone banjur kaya wong ayub-ayubên. Wis, Truk, saiki caritakna banjure anggonmu lêlungan. Layangmu lagi anu ngandhakake nalikane ana ing Pakalongan.

Petruk : Dina Jumuwahe suk tanggal 8, aku, adhimu Makne Kamprèt, apadene Bu Mar, budhal nyang Sêmarang, têkane ing Sêmarang kira-kira jam 11, Kang Garèng. Kala samono carane priyayi mono aku kèmêngan, yaiku: kapêtêngan pikir. Gèk arêp nginêp nyang ngêndi bae. Sabab sanyatane mono, ana ing Sêmarang, sadulur sathekruk, sobat sagrobag. Nèk salah siji ana sing diinêpi, liyane mêsthine banjur mrêngut dawa. Pungkasane aku kêtêlu banjur mondhok nyang hotèl, kang Garèng.

[Grafik]

Garèng : Pancène mono cocog karo atiku, Truk, sabab ana ing hotèl kuwi mêrdika, bisa sakrêsa-krêsa, arêp leha-leha, arêp jêlang-jêlangan, ora prêlu rikah-rikuh. Dadi iya kêpenak-kêpenuk, mung bae cara panêmune wong kuna, ana ing paran mung nyang hotèl bae kuwi, ora oleh ganjaran apa-apa. Seje yèn banjur mondhok-mondhok ing sanak sadulur, utawa mitrane, iki gêdhe ganjarane, Truk. Awit ing kono kêna disêbut: ambangun sêsanakan utawa mêmitran. Tumrape wong urip prêlu, mulane gêdhe ganjarane, Truk.

Petruk : Iki aku ngandêl bangêt, Kang Garèng, bab iki kowe mêngko bakal nêksèni dhewe bênêr lupute panêmu kuna mau. Cêkak aos, Kang Garèng, ing sarèhne aku kêtêlu kêpengin mêrdika kaya kandhamu mau, kalakon aku kêtêlu mondhok ing hotèl Bojong, Kang Garèng. Lagi dhog bae ana ing hotèl, aku banjur enggal-enggal tilpun nyang bêndara up jêksa ing Sêmarang. Ora watara [wata...]

--- 920 ---

[...ra] suwe aku diwangsuli mangkene: halo, dhisini up jaksah, aku pitakon cara Jawa kanthi ngoko mêngkene: Ês, so, kowe up jêksa, apa padha slamêt. Êmbuh, kala samono aku diarani sapa, nanging pitakonku mau diwangsuli mangkene: Nun inggih, wilujêng. Aku êmbuh ora wêruh apa ing kala tilpun mau, astane bêndara up jêksa sing kiwa ngasta tilpun, sing têngên banjur kanggo... nyêmbah. Nanging têtela bangêt yèn aku diarani wong liya sing bingkanane kae. Aku banjur pitakon manèh: bojomu lan anak-anakmu apa uga padha slamêt. Tôngga-tanggamu, pitik-pitikmu, êndhog, bèbèk, apa padha slamêt. Kiraku kala samono bêndara up jêksa mau banjur bisa nitik suwaraku. Awit sakala kuwi banjur nrêcêl anggone ngunèk-unèkake: Sêmbrana, kucing têlês, pitik gabrès, bèbèk, kowe iya, êndhog, cacing kalung. Kowe ana ing ngêndi, hèh, ana ing hotèl. E, hla dalah, sambêr sangabang. Hla, ana ing Sêmarang kathik mondhok ana ing hotèl, wis, mêngko sadhela aku têka mrono. Ora watara suwe, Kang Garèng, bêndara up jêksa iya banjur rawuh nyang hotèl têmênan. Lan ana ing kono iya maido bangêt nyang aku kêtêlu anggone mondhok nyang hotèl, ora ana ing bêskalan. Iki kang kalair, Kang Garèng, ing batos anjêtunge manawa sagajah abuh. Mara, apa iki ora nyuda mêmitran. Seje saupama têkaku têka banjur anjujug ana ing bêskalan, jalaran kêtêmu mau, prasaksat nganyarake utawa ambangun mêmitrane, kang anjalari mêmitrane saya rakêt. Mulane iya bênêr saupama banjur diunèkake: gêdhe ganjarane. Awit iki banjur aran ambangun katrêsnan.

Garèng : Kowe kuwi wong iya anèh-anèh mêngkono, ambok iya ora susah nilpun dara up jêksa...

Petruk : Anggonku tilpun dara up jêksa mau, awit aku kuwatir yèn kêprêgokan, jalaran aku niyat arêp nonton pasar malêm sing dianakake dening pakumpulan kridhamataya, kang dipangarsani dening bêndara wêdana kutha. Ing sarèhne aku têpung nyang ndara wêdana mau, iya banjur tak tilpun: Halo, dhi situ tuwan wêdhana. Aku diwangsuli mangkene: Bêtul, sini wêdhana. Aku pitakon manèh: Apah bêtul wêdhana, besuk malêm dhi pasar malêm adhah kongkurês kroncong. Wangsulane bêndara wêdana: Yah, bêtul, sapah dhi situ. Aku ethok-ethok ora krungu pandangune bêndara wêdana, nanging malah banjur pitakon mangkene: Apah yang mau turut kongkurus, ayu-ayu. Sêmune kala samono bêndara wêdana banjur priksa yèn sing tilpun kuwi aku, mulane banjur gumujêng sarta jangji arêp enggal-enggal nêmoni aku ana ing bêskalan.

Pawartos saking Rêdhaksi.

K. 172 Ing Surakarta. 17 Oktobêr 1931 dhawah 4 Jumadilakir Je 1862, wuku Kurantil.

K. 2447 Ing Purwadadi. A, Pn, 1 Siyam Je 1837 dhawah 27 Sèptèmbêr 1908. Stu, Pn, 4 Rêjêb Jimawal 1861 dhawah 26 Nopèmbêr 1930. Stu, Pa, 20 Rêjêb, Dal 1863 dhawah 19 Nopèmbêr 1932.

K. 338 ing Purwarêja. Manawi sampun sarêmbag, sagêd tampi pituwas.

--- 921 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI.

[Grafik]

Dr. M. Priyohutomo. Dèrèng dangu punika ing kantor Bale Pustaka kêdhatêngan tamu saking nagari Walandi, inggih punika Dr. M. Priyohutomo, kacêtha ing gambar, Lector Universiteit ing Utrecht. Wontênipun Dr. M. Priyohutomo angajawi perlop 8 wulan, saha anjajah tanah ngriki pêrlu anjêmbarakên kawruhipun ing bab: basa, tanah lan bangsa.

Suda wêwahing kintunan barang dagangan saking Sêmarang. Miturut pêpetanganipun pabeyan Sêmarang, kintunan kopi langkung kathah tinimbang kalih taun ingkang sampun. Makatên ugi ing bab kintunan gêndhis, pinanggih tikêl kaping kalih tinimbang kintunan kala wulan Juni 1937, malah manawi dipun pandhing kalihan kintunan kala wulan Juni 1936, tikêlipun langkung 20.276.684 kg. Tumrap gaplèk ajêg kados kala taun 1937. Tumrap kintunan kapuk mindhak. Karèt pinanggih kêndho.

Badhe anjêmbarakên panyadenipun gêlaran kajang. Departement Economische Zaken badhe anjêmbarakên panyadening gêlaran kajêng damêlan Borneo. Papan ingkang kakintên prayogi dipun andhapi padagangan wau ing Jawi Wetan.

Wêdaling barang saking tanah Jawi tuwin Madura. Miturut katrangan saking Centraal Kantoor voor de Statistiek, gunggunging barang-barang ingkang kakintunakên saking tanah Jawi tuwin Madura wontên 228.200 ton, rêrêgèn f 19.700.000.-

Kasangsaran motor mabur ing Bandung. Sampun sawatawis dintên motor mabur Koolhoven pirantos kangge sinau nggêgana ingkang minggah saking Andir, Bandung, sasampunipun rampung sinau, lajêng ical botên kantênan. Wontên tiyang ingkang sumêrêp, motor mabur wau anggêgana ing antawising Talun kalihan Bumbulan, ing sacêlakipun rêdi Kancani, sakilèn Panandayan. Ingriku katingal cumlorot, lajêng botên katingal malih. Ingriku lajêng kakintên dhawah ing paradèn.parêdèn. Golongan militèr lajêng bidhal madosi. Wontên malih ingkang ngintên dhawahing motor mabur wau wontên ing salêbêting laladan pasitèn 60 km pasagi ingkang botên dipun ênggèni ing tiyang.

Pamêdal mrica ing Têlukbêtung. Panenan mrica ing taun punika kathah sudanipun, amargi kathah wit ingkang sami pêjah, kabêkta saking bêntèring hawa. Nanging tumraping rêgi tamtu nyêngkrèk sangêt, jalaran saking kiranging pamêdal wau.

Wangsul saking Digul. Kapal Ophir sampun dumugi ing Surabaya ambêkta wangsulipun tiyang saking Digul kathahipun 42, cacah samantên wau ingkang 25 asli bucalan, ingkang 17 kulawarga. Sadaya wau sampun baparêngakênkaparêngakên. wangsul dhatêng nagari wutah-rahipun piyambak-piyambak ing Surakarta, Ngayogyakarta, Bêtawi, Sêmarang, Klatèn, Blitar, Tulungagung, Bantên, Cirêbon tuwin Sumatra pasisir kilèn.

Gambar dalêm Prins Bernhard kangge reclame. Ing Salatiga wontên gambar dalêm Prins Bernhard dipun bêskup, amargi kangge reclame sigarèt. Gambar wau mujudakên Prins Bernhard lênggah wontên ing kantoran ngadhêp sigarèt merk speciaal. Ing salajêngipun taksih dados papriksanipun ingkang wajib, bab wau kenging kasêrêg utawi botên.

Lulus examen tumrap pamulangan luhur militèr. Tuwan Abdul Rachman, lulus pandadaran tumrap Kon. Militaire Academie ing Breda ing golongan infanterie.

Mriksa rêdi Kukusan. Ir. J.G.H. Ubaghs ing Pakaryan Pêlikan ing Bandung, sampun bidhal dhatêng Borneo, pêrlu badhe nitipriksa kawontênanipun parêdèn Kukusan. Kintên-kintên laminipun kalih wulan.

Paguyuban bakul ing Surakarta. Wontên wartos, para bakul ing pêkên agêng Surakarta (pêkên Harjonêgoro), badhe ngêdêgakên paguyuban bakul. Mênggah wosing kajêngipun badhe ngudi sagêd kêmayaran, upaminipun angsal sudan sewan, tuwin sanès-sanèsipun. Tatanan makatên wau pinanggihipun botên namung dipun condhongi ing golongan bakul tiyang siti kemawon, ugi dipun mathuki ing golongan toko-toko bangsa ngamanca. Saha badhe nanggulangi yêktos dhatêng tindaking para juru potang ingkang malêbêt ing pêkên-pêkên.

Katêtêpakên dados pangagêng sanatorium.Judul salah, tidak sesuai dengan isinya. Dr. Oey Tjin Siang, gadhahanipun Mr. C. Laan, nama Anemaetco, ing Surabaya, dhawah saking gêgana wontên ing papan anggêgana ing Darmo. Motor mabur wau putung dados kalih, dene Tuwan Laan, ingkang nglampahakên, nandhang tatu rêkaos. Ing sacêlakipun papan kasangsaran ngriku wontên têtiyang sami main golf, lajêng sami mitulungi.

Katêtêpakên dados pangagêng sanatorium. Dr. Oey Tjin Siang, asistent ing C.B.Z. katêtêpakên dados Geneesheer-directeur Sanatorium Ngawèn ing Salatiga. Sanatorium punika griya sakitipun tiyang sakit paru. Ingajêng Dr. Oey Tjin Siang nate gêgayutan nyambut damêl ing Sanatorium Cisarua ing Bogor.

Papan anggêgana ing Surakarta. Pamilihing papan anggêgana ing Surakarta sampun angsal, ing Palur, kalêrês sawetan kitha, lampahan 5 mênit numpak auto. Papan anggêgana wau cêkap kangge anggêgana motor mabur Knilm. ingkang agêng piyambak. Ing sapunika sawêg kawaradinakên, mapar pasitèn ingkang mandhukul tuwin ngurug ingkang lêdhok.

B.P.H. Hadisuryo seda. Kala tanggal 15 Juli punika, B.P.H. Hadisuryo, ing Ngayogyakarta seda. Ing dintênipun Sabtu tanggal 17 kasarèkakên dhatêng Imogiri. Ingkang rawuh nguntapakên layon, sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan, K.G.P.A.A. Prabu Suryodilogo. Utusan dalêm sampeyan dalêm Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana tuwin utusan Mangkunagaran, tuwin pangagêng Walandi, militèr tuwin sanès-sanèsipun. Layon ginarubyug ing militèr saking bètèng tuwin saking Magêlang. Ingkang andhèrèk dumugi Imogiri prajurit dalêm karaton.

Sêsakit malaria ing Tanjungpriok. Jalaran saking tuwuhing sêsakit malaria ing Tanjungpriok, kaprayogèkakên supados botên wontên tiyang dolan dhatêng Tanjungpriok ing wanci dalu, amargi kasamarakên manawi dipun cakot ing lêmut malaria.

--- 922 ---

Tentoonstelling kapal ing Lembang. Awit saking rekadayanipun wêdana ing Lembang, Bandung, ing sabên taun ngawontênakên tentoonstelling kapal, pêrlu kangge ngajêngakên pamiyaran kapal. Ing wêkdal punika ugi ngawontênakên tentoonstelling, kathah ingkang rawuh anjênêngi tuwin dipun wigatosakên ingakathah. Tumrap ingkang sae mawi angsal ganjaran arta tuwin mêdali. Dene pameranging ganjaran tumrap: kapal deeleman, kapal grobagan, kapal momotan, kapal sewan, bêlo, kapal èstri tuwin kapal èstri sabêlonipun.

Inggah-inggahan. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi Têngah, M. Karsan, mantri pulisi klas 1 ing Kudus, Kabupatèn Kudus, Paresidhenan Japara Rêmbang, dados asistèn wêdana ing Paresidhenan Pêkalongan. Ngabèi Subagio ugi nama Purwosudarso, tijd. wd. Aib. gumadhuh kawêdanan Pathi, Paresidhenan Japara Rêmbang, dados wd. Aib. nindakakên padamêlan mantri pulisi Paresidhenan Japara Rêmbang. Mr. R. Sudibyo Malikulkusno, tijd. wd. Aib. gumadhuh asistèn residhèn Purworêjo, Paresidhenan Kêdu, dados wd. Aib. nindakakên padamêlan mantri pulisi Paresidhenan Banyumas.

[Grafik]

Pabrik damar lan terpentin. Kados ingkang sampun sumêbar ing bab pawartosipun ing tanah Gayo (Acèh), badhe kawontênan pabrik damar lan tertentin gupêrmèn, ngriki ngêwrat gambaripun pabrik wau, ingkang nêmbe-nêmbe punika sampun kabikak kalayan kaumumakên dening Tuwan H. van Lennep, directeur gouvernements-bedrijven. Pabrik punika ing sabên taunipun badhe sagêd ngêdalakên damar lan terpentin 2 yuta kilogram.

Postspaarbank. Ing salêbêtipun wulan Mèi kêpêngkêr, gunggunging arta ingkang kalêbêtakên wontên f 3.289.635.-, arta samantên wau ingkang asli titipan saking lare sêkolah wontên f 9.175.-. Arta ingkang dipun têdha wangsul wontên f 2.054.090.-. Dados arta ingkang sumimpên mindhak f 1.235.090.-.

Karibêdanipun padvinder Surya Wirawan. Pangarsaning Surya Wirawan pang ing Bêtawi gadhah atur dhatêng Residhèn Bêtawi, supados manawi tumindak damêl sapanunggilanipun kêparêngakên sêsarêngan ngantos kathah, amargi miturut anggêr-anggêr, lampah ingkang ngantos langkung saking 5 dipun anggêp arak-arakan, punika ginantungan ing paukuman. Bab punika sampun wontên dhawuh botên kaparêngakên, dene manawi badhe wontên tindak makatên, kêdah macak sêrat paturan rumiyin. Manawi botên tumindak makatên, dipun anggêp nêrak pêpacak bab 510 ing anggêr kaukum.

Balapan kapal ing Bandung. Benjing tanggal 30, 31 Juli tuwin tanggal 1 Augustus Preanger Wedloop Societeit ing Tegallega, Bandung, badhe ngawontênakên balapan kapal. Kajawèn punika kasarêngakên paargyan mèngêti adêging pakêmpalan wau sampun 40 taun. Tumraping Bandung, têtingalan balapan kapal, punika dados satunggiling têtingalan tiyang siti ingkang agêng piyambak.

Ingêsêr-ingsêranIngsêr-ingsêran. guru. Dikun, alias Dwijamartana, kêpala guru vervolgschool ing Kêcêpit, dados kêpala guru vervolgschool ing Madura. Suyud, alias Wirosupadmo, kêpala guru vervolgschool ing Madura, dados kêpala guru vervolgschool ing Kêcêpit, sami Banjarnêgara.

Badhe lêlana dhatêng sajawining praja. Wontên wartos, benjing wulan Maart taun ngajêng, Mr. Muhammad Yamin badhe lêlana dhatêng Tiongkok, Philippijnen, Jêpan tuwin tanah Indu. Wigatosipun pêrlu kangge anjêmbarakên wawasan, kadosdene tindakipun Dr. Sutomo tuwin Dr. Sugiri.

Mangsa bêntèr ing taun punika. Gêgayutan kalihan wontêning jawah ing mangsa punika, miturut panitipriksa ing Koninklijk Magnetisch Meteorologisch Observatorium ing Bêtawi, dhawahing jawah sulaya kalihan padatan. Ing salêbêting wulan punika ukuraning toya jawah, ingkang lêrêsipun suda, malah pinanggih mindhak.

ASIA.

Olympiade botên saèstu wontên Jêpan. Miturut wartos, ministêr babagan tatatêntrêm praja Jêpan nêtêpakên, bilih pasamuwan Olympiade taun 1940 botên kawontênakên ing Jêpan. Kajawi punika ministêr wau ugi ngawontênakên pêpacak botên marêngakên para ahli ulahraga Jêpan nglêbêti ing Olympiade ingkang badhe kawontênakên ing taun 1940, nanging ing wêkdal punika Jêpan ngawontênakên têtandhingan tumrap kabangsan piyambak ingkang langkung agêng.

EROPA.

Nata Inggris têdhak Parijs. Miturut wartos saking Londen tanggal 20 Juli, Nata Inggris sakalihan sampun bidhal dhatêng Parijs nitih kapal Enchantress bidhal saking Dover, dumugi Boulogne jam 12.40, jam 1 bidhal dhatêng Parijs, dumugi Parijs jam 4.50. Ingriku dipun urmati ungêling mriyêm 101 rambahan saking bètèng Mont-Valarie. Wontên ing station dipun urmati ing wadya lautan asikêp sanjata, binarung musik lagu kabangsan Inggris God Save the King tuwin lagu kabangsan Prancis Marseillaise. Lebrun ngaturakên pambagya dhatêng sang nata, tuwin Madame Lebrun ngaturakên pambagya dhatêng pramèswari. Salajêngipun sami dhatêng Quai d'Orsay ngantos jam 5.20 sontên.

Ibu Nata Rumenie seda. Miturut wartos tanggal 18 wulan punika, Ibu Nata Rumenie, Pramèswari Marie, seda, wontên ing Sinaia. Raja Carol, Prinsen Elizabeth, Prins Michel, premier Myron Christea sami anênggani kala sedanipun.

Inggris mêling motor mabur. Ministêr babagan gêgana Inggris sampun andhawuhakên mêling motor mabur dhatêng Nuffield 1000 iji, awarni motor mabur pambujêng ingkang rikat sangêt lampahipun. Pabrik punika madêg ing Inggris. Miturut wartos, Lord Nuffield botên purun tampi ewahan tumrap padamêlan wigatos ingkang dipun tindakakên dening piyambakipun.

NAGARI WALANDI.

Ambêskup bènsin. Ned. Genootschap mêntas ambêskup bènsin, ingkang sampun kanthi palilah saking pangadilan ing Middelburgh, cacah 10.000 ton, ing kapal Mexico, ingkang layaran ngangge bandera Zweeden. Bènsin wau asli saking Mexican Eagle Coy. Bêskupan wau atas saking panêdhanipun Bat. Import Mij. Den Haag.

Mêwahi prajurit. Wontên wartos, parentah nagari Walandi badhe ngawontênakên wadya mriyêman-motor, cacah kawan golongan. Wadya punika badhe kadèkèk ing Naarden, Utrecht, Ede tuwin Den Bosch.

Kasangsaran motor mabur militèr. Miturut wartos saking Gilzryen, wontên motor mabur militèr 2 ingkang bidhal saking Suterberg tumbukan wontên ing gêgana. Kalih pisan sami rêmuk saha murub. Têtiyang ingkang wontên salêbêting motor mabur 4, ingkang 3 tiwas sanalika, ingkang satunggal tatu rêkaos. Juru anggêgana ingkang tiwas wau Van Overbeek, Van Offeren tuwin Manesse. Panggêgananing motor mabur wau kangge sinau.

--- 923 ---

Wêwaosan

Anakipun Tarsan.

Pêpiridan saking Buku Karanganipun Edgar Rice Burroughs.

1

Ing satunggiling dintên wontên kapal labuh wontên ing sungapanipun lèpèn Ogambi ing laladan Aprikah. Mênggah namanipun baita wau: Maryori. Têtiyangipun kapal wau wontên sawatawis ingkang numpak baita jungkung nilar baitanipun prêlu aniti priksa kawontênan sauruting lèpèn ngriku. Lampahipun baita jungkung wau mudhik, dados anrajang ilining lèpèn, amila têtiyangipun kapal anggèning nyambut damêl amêlahi baita mau, inggih kanthi sarosanipun sayêktos, awit ilining lèpèn Ogambi wau santêr sangêt. Sarêng lampahipun baita jungkung kirang langkung têbihipun sampun wontên tigang pal, ing môngka sauruting lèpèn botên wontên titikanipun punapa-punapa, salajêngipun nuntên nêdya wangsul malih dhatêng kapal Maryori kasêbut ing nginggil. Lampahing baita jungkung samangke nurut ilining toya, ingkang punika têtiyangipun kapal inggih lajêng botên prêlu amêlahi malih, kajawi namung sami ngèplè-èplè nyawang kawontênan ing sakiwatêngênipun lèpèn ngriku. Dèrèng ngantos dangu anggènipun sami lèyèh-lèyèh, dumadakan têtiyang kapal wau sami nyumêrêpi sawarni manungsa, ajêlih-jêlih nêdha tulung wontên pinggir lèpèn sisih lèr.

Salah satunggiling tiyang kapal wau, lajêng alok-alok makatên: E, ladalah, bangsane apa kang ngadêg anjêjêr bêngok-bêngok ana ing pinggir kae.

Juru mudhi amangsuli kanthi garundêlan makatên: Yèn disawang saka ing kene, èmpêr-èmpêre kaya wong kulit putih. Ayo, padha nyandhaka wêlahe, lan tumuli padha mêlahana nuju nyang pinggir kana kae.

Parentahipun juru mudhi wau inggih lajêng sami tumuntên dipun lampahi. Sarêng sampun cêlak ing pinggir, ing ngriku tiyang kapal sami sumêrêp satunggiling tiyang sakalangkung kêra, rambutipun madhul-madhul, kathik ing sêmu kadosdene namung rambut templekan kemawon. Badanipun ingkang sakalangkung kêra tuwin wungkuk namung katutupan ing cawêt kemawon. Luhipun carocosan wontên ing pipi ingkang kêmpong tuwin growal-growal sajak tilas sakit cacar. Tiyang punika lajêng wicantên pating bênthalit mawi basa mônca kalihan tiyang kapal wau.

Juru mudhi lajêng apitakèn: Sampèyan napa sagêd wicantênan basa Inggris.

Tiyang wau pancèn inggih sagêd wicantên basa Inggris, sanadyan anggènipun wicantên gêlagêpan sarta botên sae, kadosdene tiyang ingkang sampun dangu botên migunakakên basa wau. Mênggah wosing wicantênipun, tiyang wau anangis-nangis nêdha supados kabêktaa kesah saking tanah Aprikah ngriku. Tiyang wau lajêng kainggahakên wontên ing baita jungkung sarta nuntên kabêkta dhatêng ing kapal Maryori. Sarêng sampun wontên ing salêbêting kapal, tiyang wau lajêng anyariyosakên lêlampahanipun anggèning ngantos kados makatên punika. Miturut cariyosipun, anggèning wontên ing tanah Aprikah ngriku piyambakipun sampun watawis sadasa taun, lan salaminipun punika tansah nandhang cintraka lan sangsara. Nanging sabab-sababipun ngantos dumugi ing tanah Aprikah wau, piyambakipun botên purun cariyos ing sablakanipun. Miturut katêranganipun, jalaran saking gênging sangsaranipun wau, ngantos piyambakipun rumaos supe sadaya mulabukanipun ngantos lajêng krambyangan wontên ing tanah ngriku wau. Malah piyambakipun mêntala nyariyosakên, bilih dhatêng namanipun piyambak kemawon ugi sampun supe, amila ing samangke lajêng namung ngakên nama: Misèl. Sanadyan makatêna, jalaran saking malihing kawujudanipun, têmtunipun botên wontên tiyang ingkang badhe sumêrêp sintên sajatosipun tiyang wau. Awit warninipun ing samangke pancèn nyata beda sangêt kalihan ing kala rumiyin, bêbasanipun, ing samangke sanadyan ibunipun piyambak têmtu pangling. Mênggah sanyatanipun tiyang wau, botên sanès kajawi mitranipun sinarawèdi pun Rokop ingkang nama: Polwic.

Mênggah nyatanipun, sadasa taun ingkang kapêngêr, sasampunipun dados pambantunipun Rokop nindakakên lêlampahan awon, Polwic wau lajêng sagêd pisah kalihan Rokop. Nanging lêlampahanipun ingkang awon punika wohipun pinanggih sasampuning piyambakipun pisah kalihan Rokop wau. Salêbêtipun sadasa taun Polwic tansah nandhang sangsara ingkang tanpa upami, amila ing batos piyambakipun tansah ngêndhêm sêsêngitan ngantos rumasuk ing balung sungsum dhatêng Rokop, awit rumaosipun, inggih Rokop wau ingkang anjalari piyambakipun angsal bêbênduning Pangèran, sarta lajêng tansah manggih sangsara wau.

Sasampunipun pisah kalihan Rokop, Polwic lajêng lumajêng lumêbêt ing wana gung, jalaran ajrih manawi ngantos kacêpêng dening Tarsan. Nanging ing wusana piyambakipun dhawah ing tanganipun tiyang wanan, ingkang taksih purun nêdha sasamining manusa, nanging kêpalaning tiyang wanan wau angayomi ing piyambakipun, ingkang anjalari piyambakipun lajêng luwar saking bêbaya pêjah. Nanging mênggah sajatosipun, aluwung pêjah tumuntên katimbang lêstantun gêsang, awit salajêngipun, ngantos sadasa taun laminipun, [la...]

--- 924 ---

[...minipun,] Polwic tansah nandhang sangsara ingkang tanpa upami, amargi sabên dintênipun tansah dipun siya-siya tuwin dipun pisakit dening têtiyang wana ing ngriku. Kajawi punika piyambakipun lajêng kêcandhak ing sêsakit cacar, ingkang tilas-tilasipun tanpa kenging dipun icali. Jalaran saking sadaya wau, amila ing wusana wujudipun lajêng malih babar pisan. Rambutipun ingkang suwaunipun cêmêng lan kêtêl, sampun sami rontog sadaya, thukulipun malih namung satunggal kalih, ingkang ulêsipun sêmu abrit. Tangan lan sukunipun sami cengkrong, badanipun wungkuk, yèn lumampah moyag-mayig. Kajawi saking punika ugi sampun ompong babar pisan sabab saking pandamêling bandaranipun, malah jalaran saking anggènipun tansah siniya-siya wau, pikiranipun kemawon ugi sampun kathah sudanipun.

Wontên ing kapal Maryori ngriku, tiyang wau dipun pulasara lan dipun opèni sae-sae. Jalaran saking punika ing salêbêtipun sawatawis wêkdal, kakiyatanipun tiyang wau sampun wangsul sawatawis, nanging wujudipun inggih taksih ajêg kemawon, botên sagêd pulih kados wau-waunipun.

Mênggahing Polwic aliyas Misèl, botên ngêndhêm manah punapa-punapa, ngêmungakên gadhah sêngit ngantos dumugi ing balung sungsum dhatêng tiyang, ingkang dening piyambakipun piyambak tuwin Rokop nêdya kaprajaya inggih punika: Tarsan. Kajawi punika piyambakipun ugi ngêndhêm sêsêngitan dhatêng Rokop, awit kados ingkang sampun kacariyosakên ing nginggil, inggih Rokop punika ingkang dados jalaran piyambakipun dhawah ing sangsara makatên wau. Makatên ugi piyambakipun rumaos sêngit sangêt dhatêng pulisi ing pintên-pintên kitha, awit wontênipun ing kitha-kitha wau badhe kacêpêng, amila lajêng kapêksa kêdah tansah miruda. Langkung lihmalih. piyambakipun rumaos sêngit dhatêng pranataning nagari, tuwin dhatêng tata têntrêming praja. Cêkakipun, dados sadaya kemawon piyambakipun ngrumaosi gadhah sêngit. Malah dhatêng têtiyang ingkang sami ngopèni tuwin mulasara dhatêng badanipun piyambak kemawon, piyambakipun inggih mêksa ngêndhêm sêsêngitan. Badanipun sakalangkung ringkih, amila botên kenging dipun pasrahi padamêlan, dene sêsrawunganipun, nyênyêngit botên andêmênakakên babarpisan, amila wêkasanipun tiyang wau inggih lajêng namung dipun kèndêlakên sapurun-purun kemawon.

Dene kapal Maryori wau sajatosipun gadhahanipun pakêmpalaning para among dagang sugih-sugih, kangge ngudi babagan kawruh ingkang lêbêt-lêbêt, amila salêbêtipun kapal ngriku dipun wontênakên laboratorium piyambak, inggih punika pirantos-pirantos ingkang kangge ngudi kawruh wau. Kathah para ahli kawruh ingkang sami tumut kapal punika, prêlunipun supados aniti priksa pamêdal-pamêdal ing Aprikah ingkang pantês kangge barang dagangan. Barang pamêdal punapa ingkang dipun kajêngakên, botên wontên tiyang satunggal-satunggala ingkang nyumêrêpi. Mênggah ingkang mragadi lampahing baita wau, para sudagar-sudagar sugih ing tanah Amerikah sisih kidul. Sasampunipun Polwic minggah ing baita ngriku, lampahing baita lajêng nurut pasisir tanah Aprikah, ngênêr dhatêng salah satunggiling pulo alit.

Sadumuginipun ing pulo ingkang dipun kajêngakên wau, kapal Maryori lajêng labuh ngantos sawatawis minggu laminipun. Ing sarèhning sabên dintênipun prasasat botên wontên padamêlan, langkung malih tanpa wontên punapa-punapa ingkang kenging kangge ngenggar-enggar manahipun, danguning dangu têtiyang kapal inggih lajêng sami rumaos botên bêtah. Amila têtiyang wau lajêng asring sangêt sami minggah ing dharatanipun pulo ngriku. Salaminipun punika Polwic aliyas Misèl, tansah kantun wontên ing kapal kemawon. Nanging danguning dangu inggih lajêng rumaos bosên, sarta ing wusana lajêng nêmbung dhatêng tiyang kapal supados dipun lilanana tumut minggah dhatêng dharatan. Panêdhanipun wau inggih dipun pituruti.

Mênggah pulo wau taksih rungkud sangêd. Wananipun ngantos mèh dumugi ing gisik sagantên, para ahli kawruh sabên dintênipun sami minggah ing dharatan tosngantos. manêngah, mênggah ingkang dados pangajabipun, bokmanawi ing ngriku sagêd kalêksanan punapa ingkang sami kasêdyakakên wau, inggih punika manggih pamêdaling tanah ngriku ingkang awarni barang padagangan wau. Limrahipun têtiyang kapal wontên ing ngriku, sami mancing utawi bêbêdhag. Dene kala Polwic alias Misèl wau tumut minggah ing dharatan, para tiyang kapal kados padatanipun inggih sami mancing utawi bêbêdhag, ngêmungakên Polwic piyambak ingkang namung lumampah wongsal-wangsul wontên ing gisik, utawi linggih ngeyub wontên ing sangandhaping wit agêng.

Ing wêkdal punika sampun wanci siyang, têtiyang kapal sawêg sami nitipriksa angsal-angsalanipun anggèning sami ambêbêdhag, salah satunggal wontên ingkang sagêd pikantuk sima tutul, ingkang lajêng karubung ing para tiyang kapal sadaya wau. Dene Polwic ing kala punika sawêg tilêm wontên ing sangandhaping wit agêng. Ing sêmu tilêmipun wau sakèca sangêt, ngantos botên mirêng suwara punapa-punapa ing kiwa têngênipun papan ngriku. Dumadakan piyambakipun lajêng anjênggirat tangi saking anggènipun tilêm wau, awit angraos bilih wontên tiyang ingkang ujug-ujug nyêpêngi pundhakipun. Sarêng piyambakipun mêlèk sarta nyumêrêpi sintên ingkang nyêpêngi pundhakipun, kagèting manahipun tanpa upami. Awit ing ngriku wontên kêthèk bangkokan ingkang agêngipun ngungkuli manusa, ngadêg wontên ing sangajêngipun. Sampun têmtu bilih Polwic sakalangkung kamigilan sarta ajrih. Rumaosipun, botên sande têmtu badhe pinêjahan ing kêthèk bangkokan punika. Dene kêthèk bangkokan wau anggènipun nyawang dhatêng piyambakipun sajak kanthi titi sangêt. PolwisPolwic. ningali dhatêng para tiyang kapal ingkang saking ngriku têbihipun kirang langkung satus metêr, ing batos bokmanawi badhe nêdha pitulungan, nanging dumadakan kêthèk bangkokan wau narik pundhakipun malih. Polwic lajêng ngawasakên mripating kêthèk, lan ing ngriku kawistara, bilih kêthèk wau ing sêmu botên gadhah sêdya awon ing piyambakipun. Amila manahipun lajêng ayêm sawatawis, sarta lajêng mênyat saking papan patilêmanipun wau. Badhe kasambêtan.

--- 117 ---

No. 30, 23 Juli 1938, Taun IX.

TAMAN BOCAH

INGKANG NGÊMBANI: BU MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CENTRUM. RÊGANE SATAUN f 1.50 KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK. LÊNGGAHAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.

DONGÈNGE BU MAR NALIKANE LÊLUNGAN.

Bocah-bocah, kowe rak wis padha maca layange Bu Mar dhèk tanggal 2 Juli, kang ngabarake manawa tanggal 5 bakal lêlungan nyang Jawa Têngah. Niyatku mung arêp saminggu, wusana kêkurangan wêktu kêpêksa diwuwuhi saminggu manèh. Nalika dina Sênèn tanggal 18 wis têkan ing Bêtawi kanthi slamêt. Dene pêrlop rong minggu mau dibagi 7, dadi plêk kaya kucing kae, mung pijêr kukud-kukud, banjur lunga manèh. Yèn kowe maca wawasane rama Petruk dhèk Sêtu buri ya mêsthine wis padha ngêrti bab parane Bu Mar sajroning rong minggu mau.

Pangkate saka Bêtawi anjujug mênyang Sragi (Pêkalongan), ing dalême wakmu, yakuwi pêrnah mbakyu lan kangmase Bu Mar. Wah ing kono Bu Mar sênêng bangêt, cah, hawane kêpenak, sanajan ta akèh mrutu, nyandhing kêponakan piarang-pirang, cacahe ana pitu. Sing wis sêkolah 6 mangka munggah kabèh. Awan bêngi tansah rame sarta anyênêngake, mungguh cara landaa mêngkono, ya gezellig bangêt kae.

Esuk umun-umun, bocah-bocah ya wis padha ngajaki badminton, ing pakarangane kono padha duwe baan dhewe. We la wong Bu Mar wiwit ngalih nyang Vliegveldlaan wis ora tau badminton, dadi ya banjur kalah bae, sarta sawise main badminton, awak sakojur lara kabèh.

Sore jam papat para kêponakan iya wis padha miwiti badminton manèh nganti têkan jam 6. Anggonku nginêp ana Sragi têlung bêngi, iya mung tansah sênêng-sênêng bae sarta banjur bisa têtêpungan karo para priyayi ing kono.

Dinane Jumuah tanggal 8 Juli wong têlu yaiku rama lan ibu Petruk apadene Bu Mar padha nêrusake nyêpur mênyang Sêmarang. Ana ing Sêmarang anjujug nyang hotèl cêdhak pasar Johar. Sorene jam 4 aku wong têlu padha sowan nyang dalême R.M. Suprapta ing Pandean Lamper kang jumênêng Beskal. Kuwi jare-jarene isih pêrnah paman. Ing kono aku wong têlu sawise diparingi wedang sacukupe, banjur diplêsirake mubêng kutha Sêmarang nganti warata, prasasat ora ana sing kliwatan, ing Pacinan, palabuhan, liwat gupêrnuran lan liyane, uga mênyang Makam Dawa.

Makam Dawa iku jarene tilas pakuburan, saiki wis didêgi omah gêdhong pirang-pirang lan uga park-park. Saka kono bisa wêruh sêgara, kutha Sêmarang, wah sêsawangan kang sarwa endah lan asri. Anggonku padha diplêsirake mubêng kutha kira-kira ana rong jam suwene, nuli dijujugake mulih nyang hotèl manèh. Ora suwe banjur tata-tata, budhal manèh pêrlu ndêlok pasar malêm. Dene papan panggonane pasar malêm mau ing sangarêpe pasar Johar.

Ing pasar malêm tontonane iya wêrna-wêrna, ana wayang wong, kêthoprak, dhogèr, sêtambul lan dolanan rupa-rupa. Aku banjur padha mlêbu ndêlok kêthoprak, pinuju lakon Ki Agêng Mangir. Durung nganti bubar, aku wong têlu kêsusu mulih jalaran wis sayah lan ngantuk, nanging ya wis mratani wêruh kabèh kaanane ing jêro pasar malêm.

Esuke jam 12, aku katêlu dipêthuk ndara Beskal manèh, gêdhe-cilike dihurmati dhahar. Barêng wis rampung lan cukup anggone padha lênggahan lan ngêndikan kira-kira jamDilanjutkan pada hlm. 118 setelah tanda garis.

--- 118 ---

[Grafik]

Ana noni jênêng Marie / dolan kucinge dijaki /kucing mlayu wira-wiri / Marie bungah ngguyu hi, hi //

Ing sapinggir sagara / papane rêsik warata / sawangane cêtha ngegla / akèh bocah padha têka //

____________________

[Lanjutan dari hlm. 117 : DONGÈNGE BU MAR NALIKANE LÊLUNGAN.]

papat aku kêtêlu padha budhal mbanjurake laku mênyang Kudus anjujug ing dalême Dokter Sutiyono.

Sorene aku padha ndêlok studio duwèke Tuwan Nitisêmito dhewe. Kowe rak wis padha krungu kang jênêng Tuwan Nitisêmito, ta cah, yaiku sawijing hartawan kang duwe pabrik rokok krètèk ing Kudus, studio mau durung rampung babar pisan, nanging wis diwiwiti. Dhèk aku mrana lagi kroncongan ana zangêrès-zangêrèse barang.

Ing sarèhne studio mau isih anyar, dadi palatarane tansah kêbak uwong kang padha ndêlok lan ngrungokake. Wah ing Kudus saiki mundhak rame. Ing Kudus iku ana têtunggangan kang anèh lan ora ing sabên panggonan ana, yaiku dhokar, rupane kaya grobag, nanging uga kaya krangkèng, mula ya diarani krangkèng, yèn ing Pêkalongan jênênge jarene engkling, nanging ya nganggo ban karèt. Jarene ora sêntosa, sok ana kacilakan, wis tau ana krangkèng kêsrèmpèt autobus banjur rusak, ambrol babar pisan.

Esuke aku padha ndêlok pabrike Tuwan Nitisêmito lan banjur têrus nyang omahe Tuwan Nitisêmito pêrlu ndêlok carane nggiling cêngkèh kanggo bumbu rokok. Wis ya cah, samene bae dhisik, besuk Sêtu ngarêp takbanjurne critaku.

B.M.

WIWITE TRÊNGGILING BISA NGRINGKÊL.

Ana luwing grêmêt-grêmêt saba ing padhas têlês, amarga ing kono akèh lumute. Ora suwe ana trênggiling mlayu-mlayu, mandhêg grêg ana sandhinge luwing. Luwing nyêdhaki karo takon: "Kowe kuwi mau geneya ta, ling, kok krênggosan kaya ngono.

Trênggiling nyauri kambi gligat-gligut kaya wong wêdi: "O, anu wing; aku iki mau mêntas kêprêgok uwong."

Luwing banjur cêlathu sajak karo nyêngèngès mêngkene: "O,... lah wong kowe ling, ling, la wong kowe, wong manungsa bae ndadak kok wêdèni, sing diwêdèni bae apane?"

Trênggiling nyêlani: "Ayah, la nèk dicêkêl rak cilaka aku."

Luwing calathu manèh: "La mung kaya ngono bae kok diwêdèni. Gene aku kiyi, anggêr digêpok wong banjur ngringkêl, kringkêl ngono, têka iya slamêt, malah dibuwang."

Pangrasane trênggiling gunême luwing mau bênêr bangêt, mulane banjur ditiru nganti saprene, trênggiling bisa ngringkêl.

Carum, Indramayu.

--- 119 ---

KALANTIPANING LANDHAK.

Ana ratuning macan lagi turu ing grumbul, ngimpi mangan wêdhus putih. Mangka pranataning ratu kono mau, impèn kudu didoradasihi. Amarga ratu mau tau ngimpi didhawuhi dewa yèn bakal ngratoni sagung kumêlip lan têmênan klakon ngratoni sagung kumêlip. Mula banjur dhawuh nyang sagunging ratu-ratu kewan balane. Mula si ratu macan nggolèki wêdhus putih. Barêng kêcandhak banjur kandha manawa dhèwèke ngimpi mangan wêdhus putih.

Barêng si wêdhus arêp dimangsa, ora gêlêm, nanging kêpriye manèh wong pranataning ratune. Wêkasane barêng sowan ratune si wêdhus putih kalah. Wis kêlakon, wêdhus dadi pakaning si macan.

Kacarita ana ratu landhak sing wêruh kaanan kuwi, ngrasa wêlas bangêt. Barêng wis entuk akal, banjur sowan ratune, ature: "Gusti, kawula nyadhang dêduka, dene kumapurun munjuk ingarsa panjênêngan. Manawi impèn dipun doradasihi, têmtu kathah kewan cidra. Awit manawi badhe mangsa punapa-punapa têmtu leneyan impèn. Saupami kados ratu sima kala wingi, rekanipun matur, manawi ngimpi nêdha menda. Tur dèrèng kantênan manawi ngimpi saèstu. Awit panjênêngan dalêm rak botên pirsa ta manahing kewan. Prayoginipun ing sapunika kêdah santun pranatan. Impèn ora kêna didoradasihi.

Pangandikane sang ratu: "Iya landhak, nanging dakpikire dhisik aturmu mau." Nanging barêng si landhak nyrantèkake dhawuhe sang ratu kok ora ana katrangane. Mula banjur sowan kanthi bungah, unjuke: "O, gusti pêpundhèn kula, kok lêrês impèn kêdah dipun doradasihi. Awit abdi dalêm kawula ngimpi, manawi kêdah anggêntosi panjênêngan, jumênêng ratu. Dene putra panjênêngan kêdah pun sedani, sapunika ugi."

Sang ratu bangêt kagète, mirêng ature landhak mau. Mangka panjênêngane trêsna bangêt marang putrane kakung mau. Mula pêpuntone ndhawuhake marang para abdi kabèh lan para karerehan: "Saiki pranatan disalini, ora kêna uwong matur, yèn ngimpi apa-apa, yèn matur, diukum kisas."

Wah kaya apa bungahe ratu landhak mau lan banjur matur nyang sang ratu, anggone matur yèn ngimpi bakal kudu nggêntèni ratu utawa potraneputrane. sang ratu kudu disedani, kuwi mung kanggo srana, bèn salin pranatan.

Sang ratu nuli ngandika: "He, ratu landhak, nyata bangêt yèn kowe lantip, tak trima bangêt, dene kowe wis gawe têntrêmanekatêntrêmane. wong samene. He para ratu kewan kabèh, yèn kowe kêpengin lantip, ati landhak iku panganên, mêsthi bisa nyranani kowe dadi lantip."

Sri Sasanti.

ANGON-ANGON BOCAH.

[Grafik]

Bedaning ati bocah yèn nuju nganggo kang sarwa anyar, iku ketok ana ingh pasêmon. Kaya kang kacêtha ing gambar. Mêsthine bocah-bocah iya wis padha nglakoni.

--- 120 ---

PUCUNG.

1. Luwung mucung tinimbang atine bingung / ngalor ngidul ngetan / tan bisa têntrêm sathithik / ati susah wit donya nandhang rubeda //

2. Rama ibu sabên dina kojah gupruk / ngandhakengandhakke. pêrangan / Tyongkok Jêpang silih ungkih / rame dêdrêg bom-boman bêdhil-bêdhilan //

3. Rame umyung suwara gêtêr gumuruh / akèh kêrusakan / maèwu-èwu wong mati / alah toblas kathik nggêgirisi tênan //

4. Trima mungkur aluwung oraa kêrungu /Lebih satu suku kata: Trima mungkur aluwung ora kêrungu. muwuhi pikiran / turne kanggo bocah cilik / anggêr mangan, nyandhang wutuh rak wis bungah //

5. Seje rêmbug ayo kanca padha maju / luru kapintêran / kanggo sanguning ngaurip / kapintêran yêkti dadi pangayoman //

6. Pintêr iku aja kaliru panêmu / pintêr apa-apa / ora kok mung dadi pyayi / kapintêran ing donya ta warna-warna //

7. Warna catur garis sing gêdhe tinutur / sapisan nênukang / loro dadi among tani / kaping têlu bêbakulan sudagaran //

8. Kaping catur bêburuh lan pondhong pikul / janji kanthi kalal / tan nêrak anggêr nagari / kabèh-kabèh anuju angupaboga //

9. Nanging kudu linambaran ati jujur / trêsna ing sapadha / ywa dhêmên anggunggung dhiri / nora lana wong adigung adiguna //

10. Setop dulu urean ta' dapat lanjut / ganti pekerjan / kami matur trima kasih / pada Bu Mar terutama teman kita //

Si Gandês.

MANGSULI LAYANG.

Sumardi p/a B.L. Kartawirêja Tipès, Solo. Sukur bangêt, dene kowe arêp milu urun-urun ngisèni Taman Bocah rupa gambar lan liya-liyane karangan kang pêrlu tumrap bocah-bocah.

Sanyoto, Gondangdia, Batavia-Centrum. Karanganmu karo-karone wis daktampa kanthi bungah.

Srie, Kaligawan (Randublatung). Yèn kowe ngirimi karangan kanggo Taman Bocah, anggonmu ngadrèsi marang Redatie Kêjawèn, aja Panji-Pustaka. Yèn Panji Pustaka rak kalawarti Mlayu.

Tan Ottelien, Salatiga. Aku milu bungah bangêt, kowe lan adhimu Sing karo Hien padha munggah sêkolahe. Dadi kowe saiki lagi sinau têmbung lan aksara Jawa. We la kok pêngpêngan, ayake ya enggal pintêr, wong gurune kêsandhing.

South Huis, no. 217, Kroya. Pitêpunganmu wis daktampa kanthi bungah. O, South, sapa bae sing gêlêm milu lêlumban ing Taman Bocah, milu urun ngisèni karangan, iya kêna bae, anggêre karangane apik utawa prayoga kapacak. Dadi ora pilih-pilih sing langganan T.B. apa dudu. Sanajan kowe dhewe ora langganan, mung nunut mbakyumu bae, iya kêna milu urun-urun ngisèni.

Sudirno p/a Martowiyoto, hulponderwijzer, Sukarêjo (Kêndal). Aku bungah bangêt, kowe gêlêm mêrlokake ngirimi layang pitêpungan nyang Bu Mar lan nggatèkake anggonmu maca Taman Bocah.

S. Subiyati, G. Sentiong 419, Batavia-Centrum. Wela, wong omahe cêdhak, kok lagi saiki anêpungake karo Bu Mar. Nanging ya ora dadi apa, aku bungah kok kowe iya isih mêrlokake ngrimi layang nyang Bu Mar lan isih mêrduli nyang têtêmbungan Jawa.

Srihayu, Rêmbang. Karanganmu wis daktampa, isih dakpikir-pikir dhisik kêpacak utawa orane.

R. Yus, Schoolweg 38, Dêmak. Aja dadi atimu, karanganmu ora bisa kêpacak, awit kurang apik. Coba gawea manèh sing luwih apik, samono yèn kowe kobêr.

Handoyo, Paninggaran, Pêkalongan. Pancèn iya cuwa, wong wis munggah nyang klas 7, nanging banjur mêsthine kudu mlêbu nyang klas 6. Iya ora dadi apa Han, janji slamêt. Bokmanawa yèn kowe mêmpêng anggonmu sinau, sawatara sasi ing klas 6 banjur diunggahake mênyang klas 7 manèh. Karanganmu warna-warna wis kêtampan, kêtrima bangêt.

Wagiman, Bumirêjo, Malang. Aja pisan dadi atimu, karanganmu lêlucon ora bisa kapacak, jalaran kurang lucu. Coba ngirimana manèh sing luwih apik.

Sri Martiwi p/a R. Ngt. Padinahartoyo, Kauman Lor, Solo. Bangêt bungahku kowe kêpingin milu lêlumban ana ing Taman Bocah. Nanging yèn nulis adrèse Bu Mar manèh, aja ditulis kaya sing uwis, jalaran aku dudu Mevrouw Margono. Dadi yèn nulis adrès, iya cukup Bu Mar Vliegveldlaan 67, Batavia-Centrum.

Morrodmoddod, Surabaya. Kirimanmu prentbriefkaart wis daktampa, kêtrima bangêt. Dadi kowe ing wêktu saiki pinuju dolan nyang Malang. La kok sênêng têmên, ta. Salin hawa, salin sawangan sarta nyang panggonan kang kêpenak bangêt kanggo ngaso. Mêngko tanggal 1 Augustus miwiti sinau manèh, daksuwun-suwun sing luwih mêmpêng, bèn kêcêkêl examene.

Sudarsono p/a R.S. Hardiman, Pintudalêm str. 58, Pêkalongan. Aku wis tampa kirimanmu prentbriefkaart.

S. Harno, Gambuhan (Baluwarti), Surakarta. Karanganmu wis daktampa, nanging ora bisa kapacak, jalaran biyèn Bu Mar wus tau macak karangan mêngkono.

Sumaryo Brotosudirjo, L.L.H.I.S. Dêmak. Aku wis tampa layangmu pitêpungan, ora liya bangêt panrimaku.

Layang liya-liyane bakal dakwangsuli Sêtu Ngarêp.

Bu Mar.

--- 0 ---

[Iklan]

--- 0 ---

[Iklan]

--- 0 ---

Ôngka 60, Rê Pn, 29 Jumadilawal Jimawal 1869, 27 Juli 1938, Taun XIII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [925] ---

Ôngka 60, Rê Pn, 29 Jumadilawal Jimawal 1869, 27 Juli 1938, Taun XIII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Lembang - Marsudi Gêndhing Jawi - Dhasar Gambir ing Batawi - Punuk Unta - Kawontênan Sajawining Praja - Angsal-angsal saking Kêkesahan - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.

Lembang

[Grafik]

Sêsawangan tanah parêdèn ing Lembang (Bandhung) ingkang asri lan angrêsêpakên.

--- 926 ---

Kagunan Jawi

Marsudi Gêndhing Jawi.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 58.

Gêndhing Kinanthi Sandhung punika manawi kangge kalênengan, prayoginipun kala-kala dipun damêl kèndêl, lajêng dipun ura-urani punapa dipun sindhèni. Anggènipun ngèndêlakên mriksanana ciri (x), inggih punika:

1. sasampuning gong: nuthuk 4 wilah,

2. sasampuning sarêng kênong N II nuthuk 4 wilah,

3. sasampuning sarêng kênong N IV nuthuk 4 wilah.

Bokmanawi sampun pambêktaning nama, Kinanthi Sandhung, inggih kêrêp kèndêl, jalaran kêsandhung.

Gd. Sriwicaksana, lr. sl. pt. 6.

Pola ôngka 1

[Notasi]

Irama kadamêl sêsêg rumiyin, manawi badhe kadamêl tamban, dumugi N V dipun sarèhakên wiramanipun, dumugi G.N VIII dipun sênggaki dumugi N II, sasampuning N II lajêng dipun gerongi.

Pola ôngka 2.

Gd. Sriwicaksana, irama tamban.

[Notasi]

Sadaya wanda-wanda ingkang nginggilipun namung nut tw. punika lagunipun sênggakan sarta gerong, inggih

--- 927 ---

miturut ungêling wilahan.

Yèn sangandhapipun tw. wontên ôngka nut, punika lagunipun wanda-wanda ugi miturut nut ing nginggilipun.

Kados ta, kasêbut ing nginggil wontên tw. isi nut 4 wilahan, môngka ngandhapipun laguning sênggakan isi 8 wilah, punika ungêlipun sênggakan ugi miturut nut ing nginggilipun, ingkang wirama sarta pungkasanipun pada sagêd cèplês kalihan thuthukan wilahan tw. mriksanana sangandhapipun tw. N I ing papan urutipun sgk. isi 8 wilahan, makatên salajêngipun.

Ing ngandhap punika kula andamêl pola ingkang lagunipun mèh nunggil kalihan gêndhing Sriwicaksana.

Gd. Têbusauyun, lr. sl. pt. Nêm.

Pola ôngka 1.

[Notasi]

Irama kadamêl sêsêg, manawi badhe kadamêl irama tamban, dumugi N V thuthukan lajêng sarèh dumugi G. N VIII lajêng dipun sênggaki. Badhe kasambêtan.

R. Ng. Pringgaardana.

[Iklan]

--- 928 ---

Pasar Gambir ing Batawi

[Grafik]

Bikaking pasar Gambir sampun cêlak, kathah pangunandika ingkang tuwuh ing wêkdal badhe wontên pasar Gambir wau. Tumrap ingkang gadhah celengan, sampun ngagak-agaki badhe ngêpruk. Tumrap ingkang sugih arta kantun metang pintên kathahing arta ingkang badhe sumisih. Tumrap ingkang cumpèn cêkap nyimpangakên kabêtahanipun. DedeDene. ingkang botên gadhah badhe nindakakên kadibyanipun sulap gaib, godhong waru dados bulus. Namung tumraping para juru potang, sami anglês ing manah, awit sabibaring pasar Gambir, tamtu kathah para mitranipun ingkang namung kintun salam.

[Grafik]

Pinanggihipun wontên ing pakabaran, pasar Gambir punika ugi mawi undha-usuk agêng alitipun, nanging sintêna ingkang nyatakakên, botên sagêd ambedakakên agêng alitipun, ing pangraos namung têtêp kemawon agêng tuwin rame.

Nanging sagêdhagan punika pancèn badhe ngedab-edabakên yêktos, indhakipun botên namung pinanggih ing agêng kemawon, ugi jalaran saking wontên yêyasan ingkang nganèh-anèhi, inggih punika griya-griya wêwangunan ing kala Batawi jaman kina, sintêna ingkang ngambah ing ngriku, tamtu lajêng anggliyêr kados malêbêt ing jaman pasupênan. Saking nyumêrêpi wujuding griya inggih kina-kina yêktos, payonipun sampun kawak-kawak, sawanganipun mrika-mriki sarwa pinanggih kina, inggih mawi dipun wujudi kapal ing jaman samantên, pinêtha lembak-lembak kados wontên pasisir sagantên ing Batawi. Tumrap tiyang ingkang purun mêmêtha raosipun ingkang ngantos gêmbêlêng, ing wêkdal wontên ing papan ngriku tamtu ngraosakên kados manggèn wontên ing papan ingkang

--- 929 ---

kina yêktos, pangraos inggih lajêng sêpuh. Nanging mangke manawi pindhah dhatêng papan sanès, inggih punika papan suka-suka ing pasar Gambir, tamtu lajêng ngucap sukur, dene pinaringan ênèm malih.

Pasar Gambir sagêdhagan punika, anggènipun dipun agêngakên wau inggih gêgayutan kalihan pahargyan mèngêti jumênêng dalêm Sri Bagendha Maharaja Putri têtêp 40 taun. Mila gêgayutanipun kalihan bab punika, punapa kawontênan ingkang pinanggih wontên ing pasar Gambir tamtu dados pangèngêt-èngêt ingkang tansah tumanêm ing manah, dalah dumugining têtingalanipun pisan tamtu dipun èngêti.

[Grafik]

Ingkang kacêtha ing gambar punika mujudakên pêpêthaning gapura, ing ngriku katingal wêwangunanipun sarwa gagrak enggal, manawi miturut wujuding payonipun, mêndhêt wêwangunan griya tanah Malayu, pancèn ing wêkdal punika sawêg kalêbêt dados gagrak enggal. Manawi dipun sawang saking katêbihan katingal anjagêrêng singêr. Blaking pasar Gambir, ingkang cêmêng punika papan panggenanipun Bêtawi kina. Ing ngriku katingal prênah adêging griya-griya warni-warni, papan-papan kangge mitongtonakên kagunan, babagan kasarasan tuwin sanès-sanèsipun. Panggenan têtingalan cêlak kalihan papan sade dhêdhaharan, mathuk sagêd nocogi dhatêng kabêtahanipun tiyang ningali.

Batawi kina, mirid wujuding gambar, sintêna kemawon kados sampun sagêd manggalih piyambak dhatêng kinaning wujudipun. Tamtunipun kawotênan ingkang kados makatên wau sampun nyêkapi kangge anggambarakên ingkang dipun pêtha.

Kados makatên raos pangrantam badhe wontêning pasar Gambir.

Sêsorah ing radhio saking Bale Pustaka..

Benjing ing dintên Ngahad sontên tanggal 31 Juli 1938, wanci jam 1/2 8 dumugi jam 8, Bale Pustaka ngawontênakên sêsorah ing radhio Nirom 2 golflengte 190, ing bab Arya Prasena. Ingkang mêdhar sabda Tuwan Suwignya.

--- 930 ---

Jagading Sato Kewan

Punuk Unta.

Kados ingkang sampun kacariyos ing Kajawèn, inggih punika ing bab gêsanging unta.

Miturut katrangan, unta punika anggèning kuwawi manggèn wontên ing hawa bêntèr tuwin kuwawi lumampah têbih tanpa nêdha tanpa ngombe, punika jalaran kewan wau gadhah papan tandhon têdha tuwin tandhon toya wontên salêbêting peranganipun badan. Nalika dèrèng dipun nyatakakên ing para ahli, sadaya wau namung pinanggih wontên ing pangintên, nanging sarêng sampun dipun nyatakakên, pancèn inggih nyata.

[Grafik]

Unta ingkang kaingah wontên ing kêbon binatang ing nagari Eropah.

Punuking unta punika mênggah sajatosipun, kangge nandho têtêdhan, mila kenging kangge titikan, kêndho kêncênging punuk, punika dados tôndha tuwuk luwening unta, inggih kiyat botên kiyatipun unta. Mila tumrap bôngsa Arab manawi badhe nglampahakên unta, prêlu nuwèni kêndho kêncênging punukipun rumiyin.

Mênggah wujuding têtêdhan ingkang wontên ing punuk punika kadosdene jladrèn makatên, manggèn wontên salêbêting wadhah ingkang sagêd mêlar mingkus kados karèt, mêlaring punuk samôngsa isi, dene manawi têtêdhan ing ngriku têlas, lajêng kimpès, dados beda kalihan punuking lêmbu, awujud daging kiyal, dene kanggening isinipun punuk unta wau ing samôngsa kangge lumampah têbih ngantos pintên-pintên dintên, lajêng dipun têdha. Dados anggènipun kèndêl kemawon punika sajatosipun inggih nêdha.

Unta punika warni kalih, punuk satunggal tuwin punuk kalih, ingkang punuk satunggal dipun wastani unta Arab, ingkang punuk kalih unta Baktri. Dene tataning gêsangipun sami kemawon.

Kajawi bab wau, unta punika ugi gadhah pirantos kangge tandho toya, wujudipun kothak-kothakan, kintên-kintên sagêd ngêwrat toya ngantos 9 litêr. Dados unta punika gadhah tandhon têdha utawi toya wontên salêbêting badan. Mila ing salêbêting unta watuwau. lumampah têbih, sagêd kuwawi nahan ngêlak tuwin luwe, ingkang sajatosipun ugi nêdha mêndhêt saking patandhonipun.

--- 931 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan Sajawining Praja.

Bab anggèning Nata Inggris mara tamu dhatêng Paris.

Sampun sawatawis dintên, panjênêngan Nata Inggris mara tamu dhatêng Paris. Tindakipun Nata Inggris wau manawi dipun tingali sabrebetan, katingal namung mara tamu salugu. Nanging tumraping umum ingkang gêgayutan kalihan kawontênan praja ing Eropah, pêpanggihan wau winawas sakalangkung wigatos, ingkang nuwuhakên panggrayang lêbêt, inggih punika nganggêp bilih nagari kêkalih wau nama ambangun pamitran lami. Dados pêpanggihan wau botên sawêg sapunika kemawon. Ing ngajêng pancèn nyata wotên raosipun pêthal anggèning mêmitran, malah lajêng sami pasang kasujanan. Sarêng tuwuh paprangan donya pinanggih supêkêt malih, nanging sabibaring pêrang tansah sulaya ing pamanggih, wusana saking rêrigêning nayaka praja pinanggih sagêd gathuk malih punika.

Mênggah tuwuhing kawigatosan tumraping ngakathah, punika dening lêlampahan wau nyarêngi kalihan môngsa wontêning sabab-sabab ingkang sapunika nuju thukul ing Eropah. Kados ta prakawis Cekoslowakeyê, prakawis ing Sêpanyol tuwin prakawis ing Lautan Têngah. Makatên ugi nyarêngi anggèning Jêrman supêkêtan kalihan Itali. Môngka tumraping Jêrman tuwin Itali punika dayaning golong-golonganipun sakalangkung ngajrih-ajrihi. Dayaning golonganipun piyambak-piyambak wau sami dipun angkah sagêda ngrêbda, ingkang dhêdhasar dhemokrasi, dados tumrap ingkang adhêdhasar makatên, tamtu lajêng anggolong dhatêng Jêrman tuwin Itali. Malah bab punika sampun wontên suwaranipun Amerikah nayognani manunggiling nagari ingkang sami adhêdhasar dhemokrasi. Mila ing ngriku katingal bilih rakêting pamitranipun Inggris kalihan Prancis wau, upami cêthaa, ngatingalakên anggèning mêmitran wau inggih sami kemawon kalihan anggèning mêmitran Jêrman tuwin Itali, ingkang atêgês angêmbari.

Manawi ngèngêti kawigatosaning Inggris kalihan Prancis anggèning supêkêtan wau, pancèn sampun karancang anggèning badhe nunggilakên kêkiyatanipun wadyabala. Malah ubad-ubêding babagan pangêmbat praja lajêng katingal, inggih punika anggèning Inggris dèrèng purun nôndhatangani prajanjianipun kalihan Itali, manawi paprangan ing Sêpanyol dèrèng rampung, tuwin dèrèng purun nôndhatangani prajanjianipun kalihan Jêrman, manawi prakawis Cekoslowakeyê dèrèng rampung. Wosipun Inggris akajêng ngeman dhatêng mitranipun supêkêt, inggih punika Prancis.

Rawuhipun Nata Inggris ing Prancis punika sakalangkung sinungga-sungga, sawarnining golongan sami rumaos gambira ing manah, awit sadaya mangrêtos bilih dayanipun Inggris punika agêng sangêt. Anggèning Prancis mêmitran kalihan Inggris punika ajinipun ngungkuli kasantosaning adêgipun bètèng

--- 932 ---

Prancis ingkang wontên sacêlaking watês Jêrman. Kajawi punika ugi lajêng ngèngêti dhatêng dayanipun Inggris anggèning sagêd nyingkirakên bêbaya ingkang badhe dhumawah ing Cekoslowakeyê, saking kêgèndèng anggèning Cekoslowakeyê gandhengan kalihan Prancis.

Tindakipun nata Inggris dhatêng Prancis ingkang kados makatên punika, ing sêmu adamêl botên rênanipun Sang Mussolini, awit panyungga-nyungganipun sairib kemawon kalihan nalika Sang Hitler mara tamu dhatêng Itali. Punika lajêng nuwuhakên kasujanan dhatêng kiranging antêpipun Jêrman dhatêng Itali. Raos ingkang kados makatên wau kêsêksèn wontên ing wêdalipun ariparti-aripartiariwarti-ariwarti. ing Itali anggèning sami botên purun ngêwrat pawartos rawuhipun Nata Inggris ing Paris. Kados sampun nyarêngi kalamangsanipun, Honggari inggih lajêng sarêmbag badhe nunggil kalihan Itali, prêlu badhe migatosakên dhatêng ebah-ebahan donya.

Tumrap Jêrman botên kêkilapan dhatêng galibêding lêlampahan, samar manawi supêkêtipun kalihan Itali badhe manggih sandhungan. Ing ngriku Jêrman sagêd nindakakên patrap sêsidhêman, anyampèkakên rêmbag dhatêng pandhèrèkipun Nata Inggris nalika rawuh ing Prancis, ingkang wosipun, Inggris tuwin Prancis sampun anganggêp mêngsah dhatêng Jêrman.

Ruslan tuwin Jêpan pasulayan.

Mrèmèning pasulayan punika botên beda kados mrèmèning griya kabêsmèn, kados ingkang pinanggih ing Tiyongkok, bakunipun ingkang pasulayan Tiyongkok kalihan Jêpan. Nanging iing. sapunika wontên palêtikan latu ingkang murugakên Ruslan tumut angêmori damêl. Ing sapunika Ruslan sampun angêbroki rêdi Cangkupèng, sacêlaking kitha Uncèng, ing watês Mansukuo, Korea tuwin Siberiyê. Têbihipun saking Wladhiwostok wontên kalih dasa kilomètêr. Miturut katranganipun Jêpan, rêdi wau gadhahanipun Mansukuo, mila saradhadhu Rus ingkang wontên ing ngriku kêdah sumingkir. Wangsulanipun Rus, rêdi wau ingkang gadhah Ruslan, kanthi pasaksèn wujuding kar. Ing ngriku Jêpan botên marduli, ugi kanthi ngawontênakên pasaksèn. Wusana sami adrêng tuwin cukêng.

Sayêktosipun sampun rumiyin mila rêdi wau dipun melikakên dening Ruslan, amargi papan ing ngriku punika langkung wigatos, samôngsa Ruslan pêrang kalihan Jêpan, badhe mikantuki sangêt. Sawêg sapunika babagan ingkang kados makatên wau kêwiyak wêwadosipun. Ing ngajêng Jêpan botên kobêr manah dhatêng babagan ngriku, amargi sawêg karepotan anggènipun nêmpuh Hanko, tumrap Jêpan pancèn botên kêndhat anggèning ngancam dhatêng bôngsa Rus, nanging tumraping Ruslan namung sinambi gumujêng kemawon, saha rêdi wau lajêng dipun dèkèki wadyabala sagêlar sapapan. Inggih bab punika ingkang dados wêwinihing pasulayan.

Pawartos saking Redhaksi.

Tuwan K. ing Batawi Sèntrêm. Karangan panjênêngan bab Gambirsawit botên kapacak, amargi anggêpok bab ingkang raosipun nyêbal saking jêjêr, tuwin ing karangan ngriku inggih sampun pratela piyambak wontên raos ingkang sagêd ugi damêl kalèntu tampining liyan. Punika nandhakakên manawi sampun wontên raos ingkang botên sakeca.

Kajawi punika, babagan ngandharakên kawruh makatên, sampun anggêpok dhatêng kabêtahaning liyan, ingkang araos botên srêg, saha ingkang adhakan dados sêling sêrêp.

--- [933] ---

[Iklan]

--- 934 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Angsal-angsal saking Kêkesahan.

II

Garèng : Ora Truk, sêmbranamu kuwi têka ora kok pènsiun-pènsiun. Hla wong bêndara pyayi-pyayi kathik kok garap mêngkono. Nanging iya kêpriye manèh, wong wis kalêbu ing watakmu sok dhêmên sêmbranan kuwi. Mulane panuwunku, muga-muga bêndara pyayi-pyayi mau padha paringa sapura sing akèh-akèh. Sabanjure kowe, Makne Kamprèt, apadene Bu Mar, ana ing Sêmarang, anu apa bae.

Petruk : Sorene, malêm Sabtu, jam 7, aku wis macak malithit, nganggo opyas (jas bukak), dhèsi nglawèr, blangkon cara Sala, jarite kathik parangrusak, tur nganggo sêlop, wah, Kang Garèng, kala samono rumasaku brêgase nganti kaya: bêndara pangeran lagi... mulês.

Garèng : Wayah, kathik nganggo disambungi lagi mulês, kuwi karêpmu kêpriye, Truk.

Petruk : Lo, nèk brêgase bêndara pangeran kuwi rak iya kumplit, warnane brêgas, agêm-agêmane brêgas, dalasan kanthonge iya brêgas. Nanging yèn lagi mulês, andak iya kèmutan brêgase, têmtune sing diemut-emut iya mung mulêse padharane, nganti wêdanane mêcuca-mêcucu, merat-merot, mleyat-mleyot, mara, apa iya isih brêgas. Mêngkono uga aku, Kang Garèng, hla wong ana ing paran karo Makne Kamprèt, atine dhêg-dhêgan, pikirane iya mulês têrus-têrusan, awit: mêngko ngliwati toko gèk anjaluk: cundhuk mêntul, utawa: kalung mêrjan, wèh, rak iya kalakon rèwèl... kanthongku. Mara, jalaran saka tansah duwe pikiran sing mêngkono kuwi, brêgasku apa iya beda karo bêndara pangeran sing lagi mulês. Wis, Kang Garèng, rungokna tak banjurne caritaku. Mêngkono uga Makne Kamprèt, jam 7 sore mau iya wis macak gajah, sanadyan rada mambu-mambu modhê Batawis sêthithik, yaiku: klambine: baju têrang bulan, kae lo, klambi sing garis-garise kothak-kothak cilik kaya klambu. Banjur tapihe: kain radhio, yaiku jarit kang bathikane pêsagi-pêsagi. Dene sêlope: sêlop dhemo. Mungguh kang diarani sêlop dhemo iki, wujude rada kaya sêlop Malesê kae, nganggo tali pating krêncang barang. Wah, Kang Garèng, dhasar adhimu Makne Kamprèt kuwi gêdhe dhuwur jonggrong-jonggrong, barêng manganggo sing kaya ngono kuwi, lakune iya nganggo irama, Kang Garèng, yaiku: gêmblèh, gêmblèh, nganti sadalan-dalan asu kirik padha pating kraing lumayu bundêr kabiyan. Ora beda Bu Mar, iya macak andhandhing, nganti kaya... wedang srêbat.

Garèng : Wayah, le ora mèmpêr mêngkono, ana wong macak kathik kaya wedang srêbat.

--- [935] ---

Petruk : Lo, kowe rak wêruh dhewe, Bu Mar kuwi gampang masuk angine, mulane le nganggo-anggo iya kudu sarwa kandêl, cikbèn angêt. Wong ngombe wedang srêbat kuwi iya cikbèn angêt. Mara, apa iya ora padha.

Garèng : Arêpa kok ubang-ubêng, anggonmu gawe pêpandhingan sing kaya ngono kuwi, mêksa ora mathuk. Ora, Truk, jam 7 sore kowe kêtêlu padha macak-macak kuwi, cara Landane apa arêp padha: pisitah (mêdhayoh).

Petruk : Ora, Kang Garèng, anggone aku kêtêlu padha macak-macak kuwi mau, sêdyane kêpengin... layat pasar malêm Kridhamataya.

Garèng : Hus, wong sêmbrana. Ana wong arêp nonton mênyang pasar malêm, kathik diunèkake: layat. Nèk layat kuwi rak mênyang panggonane wong kêsusahan, kaya ta: kêsripahan, kobongan, lan sapanunggalane...

Petruk : Iki dudu salahku, Kang Garèng. Awit ana ing hotèl wis ana sing carita nyang aku, yèn sabên wêngi mèh ajêg udane, mulane iya sok kalakon jarene, sawêngi pangêdole karcis mung olèh sèkêt rupiyah. Mara, wong pasar malêm sêwêngi têka mung olèh samono, rak iya mokal bisane nutup waragade. Apa sing ada-ada gawe pasar malêm iki ora mulês, aliyas: susah. Dadi têkaku mrono kuwi rak mênyang ênggone wong susah, apa iya ora kêna saupama tak unèkake: layat.

Garèng : Sabanjure, nalikane kowe mrêlokake nonton, kêpriye kaanane ing pasar malêm kono.

[Grafik]

Petruk : Nalikane aku kêtêlu lumêbu ing pasar malêm, kira-kira jam 8 sore, Kang Garèng, kaanane ing pasar malêm kono isih... mamring, Kang Garèng. Ing môngka lumrahing pasar malêm ngêndi-êndi kuwi, wayahe ngarêpake jam 8 kuwi lumrahe sing padha tuku karcis, wiwit jêl-jêlan, jêbul sing diwajibake adol karcis ing kalasamono, isih bisa udut-udutan, bokmanawa malah nganggo ngadhêpake kopi tubruk karo macit pisang gorèng barang:... jalaran saka kuwi, banjur tuwuh pikiranaku mangkene: ing pasar malêm, ora akèh sing nonton, kuwi bisa uga jalaran ing Sêmarang wong-wonge pancèn ora dhêmên royal...

Garèng : Gagasanamu sing kaya ngono kuwi, pancèn bênêr bangêt, Truk. Jarene ing Sêmarang wong-wonge, luwih manèh priyayine, pancèn nyata ora royal babar pisan, nyang main,

--- [936] ---

wah, adoh bangêt, Truk. Nyang minum, jarene: haram, haram. Nyang madon, wah, dianggêp duraka sing gêdhe bangêt.

Petruk : Alhamdulillah, yèn nyata mêngkono, Kang Garèng. Nanging bisa uga, anggone ing pasar malêm Kridhamataya ora akèh sing nonton mau, jalaran wong-wong ing Sêmarang... ora padha duwe dhuwit.

Garèng : Pancèn umume wong Sêmarang, ora padha duwe dhuwit tumrape kanggo main royal lan rupyan-rupyan sing ora ana tanjane babar pisan kuwi, nanging yèn kanggo barang bêcik, barang amal, kanthonge mêsthi prasaksat diêsokake bae, lo, kuwi nèk adat tatacarane wong Sêmarang.

Petruk : Iya, sukur, sukur. Ing môngka mungguhing pangrasaku, tongtonane ing pasar malêm kono, iya nyukupi, wayang wong: ana, kêthoprak, malah kêthoprak jêmpol, yaiku: Darmamudha: èntên, sêtambul: adhah, dalasan sing diarani: dhogèr, kae lo, Kang Garèng, wong wadon-wadon sing padha plêtak-plêtik jêjogedan sêtêngah wuda: a - ya - o - ge (ana uga). Kajaba iku, padhasaran barang-barang kawêkêlan wong bumi, kaya ta: barang bathik, tênunan, lurik-lurikan, jungkat pênyu, suk kundhe pênyu, lan sapadhane, iya pirang-pirang. Resturan, mumbruk. Cêkake: Apa bae sing bisa gawe sênênge uwong, ing pasar malêm kono, disadhiyani, Kang Garèng. Tur anggone mranata, milah-milah papane, iya bêcik bangêt.

Garèng : Aku iya ora maido, Truk, wong sing ngadani kuwi priyayi-priyayi kabèh. Mêsthine iya ora cara ing pasar Gambir ing Bêtawi bae, mapanake wayang uwong upamane, ana ing panggonan sing rame bangêt, nganti nonton wayang uwong padha bae karo nonton gambar idhup bisu, sabab caritane ora krungu babar pisan. Nèk ing pasar malêm Kridhamataya, aku ngandêl, yèn papan wayang wong mêsthi ana ing panggonan kang sêpi, kang singkur, dadi wong sing nonton ora kêbrêbêgan suwara liya--liyane. Saora-orane sing mranata wong iya piyayi-piyayi. Ora, Truk, kowe kêtêlu sing kok tongton nganti suwe, apa.

Petruk : Barêng wis sayah anggone mubêng, aku kêtêlu banjur: blus, lumêbu ing kêthoprak Darmamudha, Kang Garèng, awit ing kene aku sing wis yakin, yèn tongtonane ora sok gawe gêlaning ati. Kalane aku kêtêlu mlêbu, ing kêthoprak kono wis mèh kêbak. Ing klas, loge, ing larikan sing ngarêp dhewe, wis dilênggahi para bêndara-bêndara radèn ayu, yaiku: bêndara radèn ayu bupati, patih, wêdana, lan êmbuh para bêndara radèn ayu sapa bae manèh. Larikan kang ôngka loro, bêndara kangjêng lan putra-putra. Dene aku kabênêran linggih ana ing larikan kang ôngka têlu, yaiku: ing pêngkêrane bêndara kangjêng. Sabênêre mono aku iya wis têpung karo ingkang bupati mau, wong iya tilas kônca sêkolah ing plêdhing sêkul ing Magêlang, nanging ing sarèhne kana, ingkêng bupati, aku mung: Petruk, tanpa atêr-atêr utawa panambang apa-apa, mulane aku iya ora wani cara priyayine: aruh-aruh, mung: tinggal dhiyêm sajah.

--- 937 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI.

Pindhahan dhoktêr. M. Yasin, tijd. wd. Gouv. Ind. Arts ing C.B.Z. Bêtawi, kapindhah dhatêng C.B.Z. Sêmarang. Tuwan Usman Salèh gêlar Sutan Têmênggung, Gouvt. Ind. Arts. ing Tanjungpinang (Riouw), kapindhah dhatêng C.B.Z. Bêtawi. Tuwan Supardan, Ind. Arts partikêlir, katêtêpakên dados Gouvt. Ind. Arts kabantokakên dhatêng Hoofd van den Dienst van den Mijnbouw, manggèn ing Bangkatin-winning. R.M. Kusmargono, Ind. Tand arts, kaparingan palilah bikak padamêlan dhoktêr untu wontên ing tanah ngriki.

Sêrat-sêrat kabar Tionghwa ingkang kabrangus pers. Dumuginipun sapunika sêrat-sêrat kabar Tionghwa ingkang kabrangus pers jalaran ngêwrat pawartos gêgêthingan dhatêng Jêpan, inggih punika punika: Sin Po, ing Bêtawi. Thian Sung Yet Po, ing Bêtawi, Tay Kong Siang Poo, ing Surabaya, tuwin Chiao Shon Weekly, ing Pontianak, saha lajêng wontên malih Sin Tit Po, ing Surabaya.

Sagêd nulungi tombok jiwa. Wontên satunggiling guru dhusun ing bawah Magêlang mitulungi lare klêlêp ing toya, lare sagêd kêtulungan. Nanging salajêngipun, guru wau klêlêp piyambak, nêmahi tiwas.

Kadurjanan kajêng ing Cicalêngka. Ing Citanan, bawah Cicalêngka, wontên wana agêng ingkang dados wêwêngkoning pakaryan wana, bawah Priangan têngah. Ingriku kathah kadurjanan kajêng, lajêng kawontênakên pajagèn kêncêng. Sarêng katindakakên makatên, lajêng sagêd nyêpêng durjana kajêng. Nalika dipun pariksa, durjana ngakên kemawon, saha lajêng pratela kanca-kancanipun sadaya ingkang gêgayutan kadurjanan wau wontên tiyang 170. Salajêngipun sagêd angsal katrangan kathah kanthi bukti-buktinipun, saha sami ngakên. Dumugining pangadilan sami kokum tigang dintên dumugi sawulan.

Gledhah candu adamêl pêpêjah. Pulisi candu ing Bêtawi gledhah dhatêng griyanipun bangsa Tionghoa nama Ong Tjoe Sioe, ing Gang Bambu Pancoran. Nalika pulisi malêbêt ing griya, Ong Tjoe Sioe katingal ajrih, cangkêmipun katingal moco-moco. Pulisi ngintên bilih ingkang dipun êmplok wau candu pêtêng, lajêng dipun gujêr, nanging tanpa damêl. Miturut katrangan, candu ingkang dipun êmplok wau wontên 35 mata. Sontênipun bangsa Tionghoa wau sakit, lajêng kabêkta dhatêng C.B.Z. Wusana dalunipun, jam 2 nêmahi tiwas.

[Iklan]

Padagangan lisah kênanga. Pomêr ing Cirêbon sawêg arekadaya ngajêngakên pêdagangan lisah kênanga. Tumrap ing Cirêbon, aslinipun saking dhistrik Plumbon, tuwin Ciawigêbang, bawah Kuningan. Kintên-kintên ing dalêm sataun sagêd ngêdalakên 6000 kg, anggèning nglêmpakakên wontên ing wulan Januari tuwin Juni. Rêginipun ing sapunika f 2.- ing dalêm kg, kala ing taun 1937 f 3.-.

[Grafik]

Bidhal dhatêng nagari Walandi sêsarêngan. Tuwan Gupêrnur Orie sakalihan nyonyah, gambar sisih kiwa, Panjênêngan Sultan Pontianak sêkalihan, gambar têngah, B.K.P. Hangabèi sakalihan, gambar sisih têngên, sêsarêngan dhatêng nagari Walandi, nitih kapal Baluran. Tumrap panjênêngan Sultan Pontianak tuwin B.K.P Hangabèi gêgayutan kalihan badhe wontêning paargyan mèngêti jumênêng nata 40 taun. Panjênêngan Sultan ing Pontianak wontênipun ing kapal dipun dhèrèkakên asistèn residhèn D. van der Meulen, tindakipun nitih sêpur ing Eropa dipun dhèrèkakên controleur H.H. Keereweer, dene wontênipun ing nagari Walandi dipun dhèrèkakên asistèn residhèn M.E.L. Israel.

--- 938 ---

Ingsêr-ingsêran. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi Têngah, M. Sunario wêdana ing Kêmiri, Kabupatèn Purworêjo, Paresidhenan Kêdu, dados wêdana ing Kaliwira, Kabupatèn Wonosobo, Paresidhenan Kêdu. R. Madênan ugi nama R. Sosromijoyo, Wêdana Kaliwiro, dados wêdana ing Kêmiri kasêbut nginggil.

Lare kêlêm. Ing sacêlaking dhusun Cipatujah, bawah Tasikmalaya, wontên lare sêkolah cacah 17 sami badhe mantuk nyabrang lèpèn ingkang botên sapintêna toyanipun. Ing nalika lare-lare wau nêngah-nêngahi nyabrang, wontên toya dhatêng, lêbêting toya 2 1/2 m, lare-lare wau sami pating slêbar, wontên ingkang kèli, wontên ingkang sagêd minggir. Ingkang 9 tiwas.

Mahaguru Pamulangan Luhur Pangadilan. Wiwit benjing wulan Augustus ngajêng punika, Prof. Dr. C.C. Berg, katêtêpakên dados mahaguru ing Pamulangan Luhur Pangadilan, ing bab babagan Muhammedaansch recht, instellingen Islam, tuwin basa-basa Mêlayu tuwin Jawi.

Propaganda S.S. Tuwan S.J.Ch. den Hartog, pènsiunan pangagêng S.S. gadhah sêdya badhe ngawontênakên propaganda tumrap S.S. sarana film. Film wau badhe kadamêl mawi pulas kados pulasipun ingkang saèstu. Kintên-kintên rampungipun wontên têngahing taun ngajêng. Film bangsaning propaganda wau inggih badhe dipun pitongtonakên wontên ing kapal Bremen ingkang nuju layaran ambêkta andon lêlana bangsa Jêrman dhatêng tanah Jawi.

Paniti babagan warak. Wontên sêrat sêbaran saking pokrol-jendral dhatêng para residhèn, ingkang suraosipun, supados nitipriksa toko-toko jampi Tionghwa, kadospundi dayaning daging tuwin wacucal warak ingkang kangge jampi, tuwin aslinipun anggèning angsal warak wau saking sintên, punapadene patrapipun anggèning mêjahi kadospundi.

Tindak nanggulangi sêsakit malaria. Pakaryan nanggulangi sêsakit malaria ing Tanjungpriok sawêk ibut tumindak ing damêl, kanthi rekadaya ambêsmi alang-alangan. Tindak makatên wau sagêd ngenggalakên garinging rawa-rawa.

Vice President Raad van Indie. Miturut wartos, Tuwan Van der Bussche, Vice President Raad van Indie saèstu badhe bidhal dhatêng nagari Walandi, wontên salêbêting wulan November ngajêng punika.

Pasar malêm. Benjing tanggal 9 dumugi tanggal 15 Augustus ing alun-alun Purbolinggo badhe kawontênakên pasar malêm, kanthi tentoonstelling têtanèn, kawêkêlan, miyara rajakaya, tuwin têtingalan warni-warni. Makatên ugi ing Madiun inggih badhe wontên pasar malêm manggèn ing alun-alun nama pasar malêm Karukunan Madiun, mawi tentoonstelling tuwin têtingalan.

Telegram ngunjukkakên kasugêngan. Wiwit benjing tanggal 29 Augustus dumugi tanggal 5 Sèptèmbêr ngajêng punika, ing kantor-kantor post ngawontênakên telegram kintunan saking sintên kemawon dhatêng "Leden van her Koninklijk Huis", ingkang suraos ngunjukakên kasugêngan dalêm nata jumênêng sampun 40 taun. Waragadipun satêmbung 20, sakêdhik-sakêdhikipun f 2.-. Kintunan wau badhe kawrat ing dlancang adèn.

Sêsakit pest ing tanah Jawi. Ing salêbêtipun 6 wulan kêpêngkêr, gunggungipun têtiyang ingkang kêtrêjang sêsakit pest wontên 1300. Manawi dipun timbang kalihan kala taun 1937, pinanggih suda kathah sangêt. Kala ing taun 1934 têtiyang ingkang kêtrajang sêsakit pest wontên 23.000. Sarêng wontên suntikan ing taun 1935 lajêng suda sangêt. Ing taun 1937 têtiyang ingkang sakit 3800, kintên-kintên ing taun punika saya suda.

Motor mabur ingkang ical sampun pinanggih. Patroli ingkang madosi motor mabur ingkang ical ing laladan Bandung dipun tindhihi Litnan Duchateau, lampahipun malêbêt ing wana ing Priyangan. Ingriku sagêd manggihakên motor mabur wau wontên sacêlaking têlaga Clomprang, motor mabur wau kêbêsmi, ingkang nglampahakên tiwas kêbêsmi. Mayit kabêkta dhatêng kabudidayan Arjuna, lampahan 22 jam saking papan ngriku. Salajêngipun kabêkta dhatêng Andir, kakubur. Ingkang tiwas wau nama Deen. Anggènipun dhatêng kala Sèptèmbêr 1936 saking nagari Walandi.

EROPA.

Tumut belasungkawa. Ing kadhaton Inggris ngawontênakên tandha belasungkawa gêgayutan kalihan sedanipun Pramèswari Marie ing Rumeniê, laminipun sêminggu.

[Iklan]

Lindhu agêng ing Griekenland. Kala tanggal 20 wulan punika ing saindênging nagari Griekenlad kêraos wontên lindhu agêng. Kathah griya ingkang rêmuk. Ing Palatia risak babar-pisan. Griya-griya gêdhong kathah ingkang ambruk. Pakunjaran ambruk, wontên pasakitan 500 badhe minggat, nanging lajêng sande dipun pambêngi ing ungêling sanjata. Ministering babagan tatatêntrêm umum lajêng papriksa piyambak dhatêng papan kasangsaran.

Malêsi mara tamu dhatêng Inggris. Lebrun tampi sêdhahan saking Nata Inggris supados malêsi mara tamu dhatêng Londen. Miturut wartos, benjing kwartaal kapisan taun 1939 Lebrun tuwin Madame Lebrun badhe dhatêng Inggris kanthi lampah praja.

Kasangsaran motor mabur. Miturut wartos saking Polen, wontên motor mabur anggêgana saking Warschau dhatêng Bukarest, sadumugining Bukawina lajêng ngaleyang ambruk. Ingkang numpak tiyang 14 tiwas sadaya.

Nata Zweden badhe dhatêng Inggris. Wontên wartos, Nata Zweden kanthi kadhèrèkakên pangeran pati badhe têdhak Londen kanthi lampah praja.

NAGARI WALANDI.

Prins Bernhard lêrêm ing sanès panggenan. Miturut wartos, Prins Bernhard sawarga sampun bidhal badhe nglêrêmakên sarira sawatawis minggu wontên ing villa Groothertog Mecklenburg ing Heiligdam. Kapal Piet Hein sampun dumugi ing Warnemuende, sadhiya kagêm lêlangên wontên ing pasisir.

Paargyan mèngêti jumênêng nata 40 taun. Benjing dhawahing dintên paargyan mèngêti jumênêng nata 40 taun, ing nagari Walandi saèstu badhe ngawontênakên arak-arakan agêng-agêngan mujudakên kawontênan ing tanah Indiya sêsambêtanipun kalihan nagari Walandi. Kabêtahan-kabêtahan pêrluning arak-arakan punika kathah ingkang ambiyantu.

Eere Doctor. Minister babagan defensie, J.J.C. van Dijk, katêtêpakên dados Eere Doctor rechtgeleerdheid ing Vrije Universiteit. Anggèning nêtêpakên wontên ing tanggal 20 wulan October.

--- 939 ---

Wêwaosan

Anakipun Tarsan.

Pêpiridan saking buku karanganipun Edgar Rice Burroughs.

2

Sasampunipun mênyat Polwic wau lajêng lumampah nuju dhatêng papanipun para tiyang kapal ingkang sami rêrubungan ningali angsal-angsalanipun anggèning sami bêbêdhag wau. Sarana nyêpêngi tanganipun kêthèk bangkokan ugi lajêng tumut. Sarêng kalih-kalihipun sampun cakêt, ing ngriku para tiyang kapal sawêg kemawon sumêrêp. Sanadyan wêkdalipun namung sakêdhap sangêt, nanging Polwic ugi sampun nyumêrêpi bilih kêthèk bangkokan ingkang tut wingking lampahipun punika, botên pisan-pisan anggadhahi sêdya awon. Gagasanipun, kintên-kintên kêthèk punika pancèn sampun kulina sêsrawungan kalihan manusa. Sakala punika Polwic lajêng kêtuwuhan manah, bilih sarana kêthèk bangkokan punika ing têmbe piyambakipun tamtu sagêd angsal arta kathah. Amila dèrèng ngantos dumugi ing papanipun para tiyang kapal wu, Polwic sampun gumolong manahipun, ing têmbe manawi sampun dumugi ing nagari ingkang tata malih, nêdya ambarang kalihan kêthèk bangkokan wau.

Sarêng para tiyang kapal sami tumênga saha sumêrêp Polwic nganthi kêthèk agêng wau, gumunipun tanpa upami sarta lajêng sami enggal-enggal murugi. Ing ngriku sêmunipun kêthèk bangkokan botên ajrih babar pisan. Kosokwangsulipun, malah para tiyang kapal wau saking satunggal lajêng dipun cêpêng pundhakipun sarta lajêng dipun sawang rainipun ngantos taliti sangêt. Sasampunipun nyawang dhatêng para tiyang kapal sadaya wau, pun kêthèk lajêng nyakêt Polwic malih, ing ngriku pasêmonipun katingal cêtha kadosdene tiyang ingkang kêcuwan manahipun.

Para tiyang kapal sami karênan manahipun sarta lajêng ngrubung kêthèk bangkokan wau, tuwin pitakèn warni-warni dhatêng Polwic. Wangsulanipun Polwic botên sanès kajawi namung nyariyosakên, bilih kêthèk bangkokan punika piyambakipun ingkang gadhah. Sanèsipun cariyos makatên, botên kalair têmbungipun punapa-punapa. Malah cariyosipun wau botên kèndêl-kèndêl tansah dipun wongsal-wangsuli: Kêthèk punika gadhahan kula, kêthèk punika gadhahan kula. Ingkang sami mirêngakên têmbungipun Polwic ingkang tansah dipun wongsal-wangsuli wau, para tiyang kapal rumaos anjêlu sangêt, amila salah satunggal lajêng nêdya adamêl lêlucon sawatawis. Inggih punika têtiyang wau lajêng ngubêngi kêthèk bangkokan wau, sarêng sampun wontên ing sawingkingipun, ujug-ujug wontên ingkang gajênglajêng. nocogakên dom ing gêgêring kêthèk. Kêthèk wau lajêng ambalik angajêngakên tiyang kapal ingkang nocog dom ing gêgêripun, rikatipun prasasat kilat, kêthèk ingkang suwaunipun katingal londha-londho sajak sabar sangêt, ing samangke lajêng malih sipatipun kados sato galak ingkang badhe nubruk mangsanipun. Sanalika punika polatanipun tiyang kapal wau inggih lajêng malih, pasêmonipun ingkang sajak ngiwi-iwi ing wêkdal punika lajêng dados pucêt sangêt sêmu kamigilan. Salajêngipun kathi trêngginas, tanganing kêthèk bangkokan, ingkang panjang, nyandhak pundhakipun tiyang kapal kalih pisan, ing sarèhning ngrumaosi têmtu botên badhe kuwagang nandangi kridhanipun kêthèk wau, amila tiyang kapal lajêng enggal-enggal ngunus ladingipun nêdya katamakakên ing badaning kêthèk. Nanging kêthèk bangkokan rikat sangêt namplèk lading wau ngantos mancêlat têbih, lan sakala punika untuning kêthèk ingkang prasasat lading pênyukur landhêpipun, lajêng tumancêp ing githokipun tiyang kapal wau. Kônca-kancanipun ingkang nyumêrêpi lêlampahan wau, enggal-enggal sami ngunus dêdamêlipun, nêdya ambelani mitranipun. Para tiyang kapal wau lajêng sêsarêngan sami nêmpuh kêthèk, dene pun Polwic aliyas Misèl ngêmungakên jêlih-jêlih lan sêsambat nêdha dhatêng para tiyang kapal, mugi sampun ngantos amêjahi pun kêthèk bangkokan, awit mênggahing gagasanipun, manawi kêthèk wau ngantos dhawah ing pêjah, gêgayuhanipun badhe angsal arta kathah saking anggèning ambarangakên kêthèk wau tamtu badhe botên kadumugèn.

Nanging mênggahing kêthèk bangkokan, dipun krubut ing têtiyang kapal wau botên namung lajêng badhe nutut kemawon. Sasampunipun ngêrêg tiyang kapal ingkang nocog dom ing gêgêripun, ingkang kala punika dhawah ing siti, kêthèk wau lajêng gregah mênyat malih, têtiyang kapal sawatawis ingkang anggujêr badanipun saking wingking, lajêng sami dipun lirigakên sarta lajêng kontal dhawah ing siti. Salajêngipun sintên ingkang anêmpuh, nuntên kadhawahan tanganipun, tanpa sambat malih inggih lajêng dhawah ing siti. Tandangipun kêthèk, ingkang ing suwau sajak londha-londho wau, nalika katêmpuh ing mêngsah, prasasat kadosdene sikatan nyambêr walang.

Campuhipun kêthèk kalihan para tiyang kapal wau, kasumêrêpan dening kaptin tuwin opsiring kapal Maryori, ingkang ing kala punika sawêg sami minggah ing dharatan, kanthi adêdamêl pistul, opsir kêkalih wau anyakêti prêlu badhe ambelani têtiyangipun. Makatên ugi pandhèrèkipun, opsir kalih, inggih punika Matrus kalih, botên purun kantun nêdya bela kônca-kancanipun. Ing kala punika kêthèk bangkokan nyawang dhatêng mêngsahipun ingkang sami glangsaran wontên ing siti sadaya. Salajêngipun punapa kêthèk wau nêdya anêmpuh [a...]

--- 940 ---

[...nêmpuh] mêngsah enggal ingkang sawêg dhatêng punika utawi botên, Polwic botên sagêd angintên-intên, awit ing kala punika pun kêthèk kadosdene sampun lêrêm manahipun, katingalipun kados sampun wangsul sabar kados ing suwaunipun malih. Nanging ing kala Polwic mangrêtos, bilih opsir kêkalih wau manawi sampun cakêt, têmtu badhe namakakên pistulipun dhatêng kêthèk bangkokan, ingkang botên sande têmtu dhawah ing pêjah, amila piyambakipun lajêng nêdya ambudidaya sakiyatipun supados kêthèk bangkokan sagêda luwar saking bêbaya pêjah wau. Salajêngipun Polwic lajêng ngadêg ing sangajêngipun kêthèk bangkokan, dados ing têngahing antawisipun kêthèk bangkokan kalihan opsir kapal kêkalih wau. Mênggahing kêthèk bangkokan ing sêmu botên nêdya anêmpuh dhatêng Polwic. Ewasamantên Polwic kêdah angatos-atos sangêt, sampun ngantos angaru-biru kêthèk ingkang ing kala punika sampun mambêt rahing manusa.

Ing wêkdal punika kaptin kapal alok-alok dhatêng Polwic supados tumuntêna nisih, murih piyambakipun sagêda namakakên pistulipun dhatêng kêthèk bangkokan. Nanging Polwic botên lajêng nisih, malah saya nyakêti kêthèk bangkokan, sanadyan ing batos saklangkung ajrihipun, bilih ngantos karangsang ing kêthèk ingkang sawêg salêbêtipun nêpsu wau, ing wusana, jalaran saking pangajêng-ajêngipun ing têmbe sarana ambarangakên kêthèk wau sagêd angsal arta kathah, ajrihipun lajêng ical saha purun nyêpêng tanganipun kêthèk bangkokan wau.

Kalihan narik tanganipun kêthèk, Polwic wicantên makatên: Ayo miluwa aku mrene. Lêganing manahipun para tiyang kapal kalangkung-langkung, sarêng kêthèk bangkokan sagêd kakesahakên saking ngriku. Awit kamigilanipun tanpa upami, sanadyan tatunipun ingkang kathah botên sapintêna, mêksa ajrih ebah kuwatos bilih badhe katêmpuh ing kêthèk malih.

Kanthi alon-alon kêthèk bangkokan inggih lajêng tumut dhatêng Misèl. Kaptin kapal ingkang kala punika kèndêl wontên ing katêbihan, ambêngoki Polwic aliyas Misèl makatên: E, Misèl, sumingkira, kêthèk iki tak lunasane, supaya aja gawe susahe wong kapal manèh.

Kanthi ngarih-arih Polwic awicantên makatên: Kêthèk punika botên lêpat, sampun lajêng dipun pêjahi. Para tiyang kapal ingkang miwiti -inggih para têtiyang kapal punika ingkang nêmpuh rumiyin- panjênêngan rak inggih uninga piyambak, bilih kêthèk punika tutut sangêt. Kajawi kêthèk punika kula ingkang gadhah. Kula botên rila sangêt manawi ngantos panjênêngan pêjahi. Salêbêtipun wicantên makatên wau, polatanipun Polwic katingal padhang, awit ing kala punika piyambakipun èngêt dhatêng kadadosanipun ing têmbe wingking, manawi sagêd kalêksanan ambarangakên kêthèk wontên ing kitha Londhên, angsal-angsalanipun tamtu badhe kathah sangêt. Ingkang makatên punika adamêl lêganing manahipun, amila polatanipun lajêng katingal padhang.

Kaptin kapal lajêng ambalêsêkakên pistulipun saha pitakèn dhatêng para têtiyang kapal makatên: Apa nyata kandhane Misèl iki mau, yèn sabênêre kowe kabèh sing marahi. Têtiyang kapal kajawi ingkang nocog dom ing gigiripun kêthèk bangkokan, sami mênyat ngadêg, awit sajatosipun tatunipun botên sapintêna, ngêmungakên ingkang satunggal wau, ingkang taksih ngathang-athang wontên ing siti, jalaran pundhakipun tatu mowak-mowak ingkang kapêksa kêdah kaupakara kirang langkung kalih minggu laminipun.

Salah satunggal wontên ingkang wicantên makatên: Sayêktosipun ingkang lêpat pun Simson, awit ing kala wau piyambakipun nocog gêgêripun kêthèk mawi dom. Salajêngipun pun kêthèk lajêng ngêrêg ing piyambakipun. Kados ingkang makatên punika sampun mêsthinipun. Dene salajêngipun kêthèk bangkokan nuntên ngêrêg kula sadaya, kados inggih sampun lêrêsipun, awit kula sadaya lajêng sami ambelani Simson, sarta lajêng anêmpuh kêthèk wau.

Kaptin kapal lajêng ngawasakên dhatêng Simson ingkang ing kala punika katingal kalingsêman sangêt sarta lajêng anyariyosakên punapa salêrêsipun. Sasampunipun cariyos makatên wau, kanthi rêkaos Simson lajêng mênyat saha anyakêti kêthèk bangkokan wau, kadosdene badhe anyatakakên mênggahing watakipun kêthèk punika, nanging salêbêtipun amurugi kêthèk wau kalihan anyadhiyakakên pistulipun. Nanging ing kala punika ing sêmu kêthèk bangkokan sampun wangsul sabar kados ing suwau-waunipun malih, sarta lajêng linggih anjèjèri Polwic kalihan nyawang dhatêng para tiyang kapal satunggal-satunggal. Nalikanipun kaptin kapal anyakêti, kêthèk bangkokan enggal-enggal mênyat sarta mêthukakên kanthi lumampah mèkèh-mèkèh. Sarêng sampun cakêt, kêthèk wau lajêng nyandhak pundhakipun kaptin kapal sarta nyawang rainipun ngantos dangu. Sasampunipun kados ingkang sampun-sampun katingalipun kados tiyang ingkang gêla, malah kamirêngan suwaranipun kadosdene tiyang ingkang gêtun lajêng ngunjal ambêgan punika. Sasampunipun anitipriksa kaptin kapal wau, lajêng anitipriksa dhatêng opsir sanèsipun tuwin matrus kalih ingkang ngêtutakên kaptin kapal wau. Tiyang tiga ingkang dipun titipriksa, lan kaping tiga anggènipun kêthèk wau ngunjal ambêgan kadosdene tiyang ingkang kamigêtunan. Sasampunipun pun bangkokan lajêng murugi Polwic malih sarta linggih wontên ing jajaripun. Lan salajêngipun inggih nuntên botên amrêduli malih dhatêng ing kiwa têngênipun, malah ing kala punika kêthèk bangkokan kadosdene botên èngêt malih manawi mêntas campuh kalihan para tiyang kapal wau. Badhe kasambêtan.

--- 117 ---

Nomêr 30, 27 Juli 1938, taun III

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, Juru Pangripta: Rr. Siti Mariyam. Kawêdalakên Sabên Rêbo.

Gawatipun Tindak Prayitna lan Waspada.

Tiyang lumampah kêdah prayitna, punika limrahipun yèn ngambah ing margi gawat, rumpil, mutawatosi, upaminipun ngambah wana agêng.

[Grafik]

Biyang Marta Sleman.

Tiyang kêdah waspada (awas), punika yèn ngambah ing papan ingkang sumamar, pêtêng. Upaminipun lumampah ing wanci dalu.

Dêduga lan prayoga, punika kêdah botên kenging pisah. Têgêsipun: yèn badhe ngambah margi warni kalih wau, kêdah mawi dugi-dugi lan prayogi. Yèn sakintên badhe numbuk-numbuk, utawi tinubruk ing sima gembong, prayogi sarèh utawi wangsul, botên saèstu dipun ambah, pados margi sanès.

Kula para wanita jaman samantên, limrahipun sami rumaos ngambah ing margi warni kalih wau. Langkung-langkung para golongan ibu kados kula punika, ingkang sawêg nêdhêng-nêdhêngipun ngambah jaman kala antara (antawising jaman kakolotan lan jaman kamudhan), wontênipun namung tansah dipun gèrèt mrika-mriki. Ing Kajawèn ngriki, panjênênganipun Tuwan Garèng nyènèng mrika, Tuwan Petruk anjèwèr mriki, ngantos buyêr sarta bingung ingkang badhe kula turut. Manah lajêng tidha-tidha, rangu-rangu, gojag-gajêg tumrap anggèn kula badhe ngambah jaman ingkang badhe kula têmpuh wau.

Gêmblênging tekad, sarèhning kula para wanita punika mardika, wênang nandhing milih, pundi margi ingkang sami dipun ambah, tumrap kula, aluwung milih: margi ingkang têntrêm botên gawat, botên sumamar tuwin pêtêng, ingkang padhang anêrawang, prêlunipun, kanthi kaprayitnan tuwin kawaspada sawatawis kemawon sampun cêkap, sagêd tumindak kanthi têbih saking rubeda, sakêdhik godha rêncananipun. MramilaPramila. kula gadhah pamanggih ingkang makatên wau, kajawi saking cupêting kawruh kula bab kaprayitnan [kapra...]

--- [118] ---

[...yitnan] lan kawaspadan, pancèn botên gampil tiyang nindakakên kaprayitnan lan kawaspadan ingkang saèstu punika, sakalangkung gawat, kathah begalanipun ing margi. Tôndha yêkti sampun kathah, para ingkang kataman rubeda, tumindakipun kasasar-sasar dumugi madyaning jurang trêbis, ancasipun malèsèd botên dumugi ingkang sinêdya. Nanging rumaosipun ing salêbêting tumindak inggih sampun kanthi kaprayitnan lan kawaspadan ingkang prêmati, satêmah lajêng nênutuh salira pribadi, ngundhamana ingkang nitahakên, anggrêsah, ngrêsula lan sanès-sanèsipun.

Sadaya tumindak ingkang kanthi kaprayitnan punika, pancènipun kêdah têbih saking sambekala. Nanging punapaa, kok kathah ingkang malèsèd. Ingkang makatên wau botên saking awonipun tindak prayitna, jalaran inggih saking sungilipun margi ingkang dipun ambah. Kawuningana, sakanan kering kula punika pintên-pintên rêridhu, panggodha, ingkang tansah ajak-ajak ngambah ing margi ingkang sasar. Saking alus tuwin pintêripun setan wau, ngantos kula sadaya botên rumaos utawi botên kraos manawi dipun ingêr mangiwa, sumêrêp-sumêrêp sarêng sampun dumugi ing pèrènging jurang ingkang cêrung.

Saupami tumindak kula wau milih margi ingkang aspalan, kanthi kaprayitnan sakêdhik kemawon, tangèh sagêda kêsandhung. Saya yèn turut margi tiyang pisan, lôngka sagêdipun kêtabrak motor, kojur-kojripun tumbukan tiyang mlampah sami mlampah, sami kagètipun, trêkadhang sami ngrumaosi saking kirang pangatos-atosipun, lajêng apuntên-ingapuntênan, lêbar botên wontên nalar punapa-punapa.

Nuwun, kula jugag samantên andharan kula. Mênggah wosing gubahan ing nginggil punika, satêngah mawas bab rêmbagipun Tuwan Petruk Garèng ing padhukuhan Kêjawèn, ing bab gubahan ingkang ngengingi kula para wanita umumipun. Wasana lêrês tuwin lêpatipun, sumôngga para kawogan.

Biyang Marta Sleman.

Panyuwun.

Sampun dangu wêdaling Jagading Wanita ngêwrat pola-pola sinjang. Sumêbaring kagunan bathik amradini, bilih sêratan (bathikan), punika nyata gêsang.

Manawi wontên sadhèrèk nupiksa ngrêsakakên paring katêrangan, mênggah cara-caraning nyoga kanthi cèt lan kanthi soga jawi, kadospundi lampah-lampahipun, bokmanawi badhe andadosakên bingahing ngakathah. Tumrap ingkang dèrèng patosa mangrêtos ing bab punika, badhe dados indhaking sêsêrêpan. Dados para sadhèrèk ingkang sampun kulina nyoga cèt lan nyoga jawi, kula aturi manggalih ing bab punika.

Kajawi ingkang punika, kula gadhah panyuwun sanès, inggih punika: bokbilih wontên sadhèrèk srêgêp damêl rêsèp dhaharan, karsaa paring rêsèp unjuk-unjukan Jawi (unjuk-unjukan kangge nyugata tamu sanès jampi) kados ta: wedang srêbat, wedang jae (ing Surakarta, Bayalali wontên ingkang dipun wastani rondhe) lan sanès-sanèsipun unjukan ingkang angêt utawi ingkang asrêp (sêgêr), dipun kanthèni dhaharan ingkang mathuk kalihan unjuk-unjukan wau. Èngêt kula, Jagading Wanita dèrèng ngêdali ing bab punika.

Rukmini.

--- [119] ---

Tindak Rêsikan.

Kados sampun kauningan ing para maos, bilih tindaking damêl rêsikan punika dipun rêsêpi ing ngakathah, sanadyan padamêlan punapa kemawon, manawi tumindakipun kanthi rêsikan, sampun tamtu adamêl sênênging têtiyang ingkang ningali. Kados ta upaminipun para wanita anggèning tumandang nyambut damêl olah-olah, sanajan praboting olah-olah botên sapintêna, nanging manawi katindakakên kanthi rêsikan katingalipun inggih ngrêsêpakên, malah adhakan sagêd nênarik dhatêng pêpenginan.

[Grafik]

Ing bab kajêngipun rêsikan kasêbut ing nginggil wau botên ngêmungakên saêbab kalih êbab kemawon, kêdah rêsikan ing sadayanipun, inggih punika rêsiking panggenan olah-olah (pawon) pangrakiting ubarampening sawarninipun ingkang kaolah, pranataning prabot olah-olah lan sasaminipun.

Ing ngriki ngêwrat gambaripun têtiyang jalêr nuju nyambut damêl wontên ing pawon agêng (panggenan ngolah jampi dalah saprabotipun kadhoktêran), ing salah satunggiling laboratorium, ingkang ing ngriku kawontênakên prabot ingkang sadayanipun pêpak lan sampurna, kados ta: toya sampun cumawis kantun ambikak saking lèdhêng, latu makatên ugi kasadhiyanan sêtum ingkang urubipun kantun ambikak lan nutup saking lèdhêng, sadaya wau sampun tamtu wragadipun botên sakêdhik, kathah. Nanging wosing ing ngriki ingkang dipun kajêngakên namung ing bab tumindaking damêl rêsikan, inggih punika ingkang pantês katindakakên tumraping têtiyang nyambut damêl punapa kemawon, awit kajawi angrêsêpakên, ugi adamêl kasarasan, inggih punika sintên tiyang ingkang panyambutdamêlipun sarana rêsikan, punika ingkang badhe tinêbihan ing rubedaning sêsakit warni-warni.

--- [120] ---

Bab Olah-olah.

Pênyon.

Mundhuta uwos kêtos sawijikan kapususi ingkang rêsik lajêng kabêthak (kaêdang) sarana kakaru ing santên kacoloka ing sarêm sakêdhik.

Ulam daging (lêmbu utawi ayam) kacacah kabumbonana: brambang, bawang, sarêm, tumbar, gêndhis jawi kaungkêp ing wajan kaparingana toya sakêdhik saha godhong salam kalih lêmbar. Manawi sampun asat kaparingana santên ingkang kênthêl kaênggênga ingkang ngantos asat saha kagaringakên.

Tigan ayam 3 iji (manawi kambangan 2) kadamêl dadar ingkang tipis, manawi sampun matêng kaêlèra ing talênan. Kêtos manawi sampun matêng katumpangna ing dadar kawradinakên mawi godhong pisang ingkang sampun dipun êlum rumiyin. Manawi sampun wradin ulam kawradinakên ing sanginggiling kêtos saha kagulung kalinting ing godhong pisang ingkang lêmês dipun bitingi kiwa têngên, lajêng kaêdang (kalangsêng) satanakipun. Yèn sampun asrêp kairisana megos (miring), watawis sanyari kandêlipun. Pandhaharipun sarana santên kanil kagodhog mawi godhong pandhan kacoloka gêndhis pasir sakêdhik.

Mênggah dhaharan pênyon punika tumrapipun kitha Surakarta asring kangge nyêgah priyantun lênggahan, katingalipun pèni tur manawi katandhing kalihan dhaharan ingkang mawi mêrtega, kapetang ragi irid.

Bok Atma.

Kêpêdhêk.

Lapis brênggala.

Bumbunipun: bawang, brambang, sarêm, pala, laos, kecap, sêre, godhong salam, klapa parudan, dipun ulêg, lajêng kagôngsa. Daging ingkang sampun kadhèndhèng kacêmplungakên, santên, sêre, godhong salam, dipun godhog ngantos asat, manawi sampun dipun wadhahi ing nginggil dipun wur-wuri rajangan bawang brambang gorengan wau.

Owir-awar.

Ingkang kadamêl godhong jêram purut, godhong udan mas, lan kocai, punika karajang nuntên kakumbah. Manawi sampun nuntên racik bumbu, inggih punika: lombok, sarêm, laos, bawang, kêncur, traos bakaran, punika dipun ulêg ingkang lêmbat lajêng kacampur lan parudan kalapa ingkang cêkapan. Lajêng kabakarna krèwèng, manawi sampun bêntèr lajêng kaurab lan bumbu wau, bumbu lan rajangan gêgodhongan wau lajêng kacarub ingkang waradin.

Pandhaharipun mawi sêkul liwêt ingkang taksih mangêt-mangêt.

Nata.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]Sampai dengan hlm. 944 tidak ada.

--- [944] ---

[Ôngka 61]

[Kajawèn]

--- 945 ---

ntosanipun, ingkang lôngka manggihi pun rêridhu, lajêng kandhêg dening lampahing jaman, kathah ingkang kèndêl, wontên ingkang dipun suwak babar pisan, lajêng madêg dados kabudidayan sanès. Dangu-dangu sarêng sêsulakipun sampun ragi padhang, pabrik-pabrik wau wontên ingkang giling malih, dados botên sadaya.

Pinanggihipun wontên ing môngsa giling, wiwit rêmbang dumugining dados gêndhis punika enggal sangêt, bêbasanipun namung langkung kemawon sampun dados gêndhis. Lampahipun makatên:

Ing wanci siyang rosan dipun rêmbang saking panggenanipun, dipun bêkta dhatêng pabrik, ing ngiku lajêng dipun lêbêtakên ing gilingan, sacêmplunganipun pintên-pintên bongkok, las-lês tanpa kèndêl. Toyaning rosan ingkang dipun giling wau lajêng mili anjog ing jêdhing, têrus dipun olah, wêdalipun saking pangolahan wau sampun dados gêndhis, lajêng dipun wadhahi karung. Dene ampasipun têrus dipun giling (dipun lèpèt) ngantos kêsat garing, têrus lumampah dhatêng pawon dados urub-urub. Dados wiwit giling wau samôngsa sampun ambucal ampas, têrus rumagang mêntas saking ngriku sadaya.

Gêndhis ingkang sampun dipun karungi wau, wontên kalanipun lajêng dipun bidhalakên dipun êwrat ing sêpur kabêkta dhatêng kitha palabuhan, salajêngipun dipun êwrat ing kapal, kabêkta dhatêng tanah ngamônca. Cara ingkang makatên punika têrus lumintu, rêmbang, giling, dados gêndhis, têrus dipun angkatakên, makatên salajêngipun ngantos dumugi satêlasing tanêman rosan.

Nuwèni Pasar Gambir

(Pers-rondgang).

Nalika dintên Sênèn sontên kapêngkêr redhaksi Kajawèn dipun ulêmi dening komite Pasar Gambir, ningali kawontênaning Pasar Gambir wau ingkang badhe kabikak benjing tanggal 26 Agustus. Jam satêngah gangsal sontên para jurnalis ingkang pikantuk ulêman sampun sami kêmpal wontên ing kantoraning sekrêtaris komite Pasar Gambir, botên lêt dangu lajêng sami dipun ajak malêbêt, mlampah-mlampah wontên ing salêbêting papan Pasar Gambir, ningali bango-bango saha griya-griya ingkang badhe kangge sêsadean saha ingkang badhe kangge panggenan mitontonakên kagunan lan kawêkêlan warni-warni.

Miturut tata lairipun, Pasar Gambir ing taun punika botên kathah bedanipun kalihan ingkang sampun-sampun. Gapura agêng ing sisish kidul lan ingkang ragi alit ing sisih kilèn, makatên ugi griya-griya tuwin bango-bango sadaya kawangun kados griyaning tiyang Toraja (Sèlèbês sisih kidul) payonipun ing kanan kering sami pating palêngkung ngombak toya, asri saha angrêsêpakên pandulu.

Ingkang gadhah pamanggih andamêl wêwujudaning Pasar Gambir kados makatên wau inggih punika Tuwan Deppe, satunggiling arsitèk ingkang misuwur asmanipun. Para maos têmtu taksih èngêt, bilih Tuwan Deppe mêntas lêlana dhatêng ing laladan Toraja prêlu pados pêpêthan ingkang badhe kangge damêl wêwangunaning griya Pasar Gambir.

--- 946 ---

Kadosdene ingkang sampun-sampun ingkang badhe sami tumut angramèkakên sarana ngawontênakên tèntunsêteling inggih punika: D.V.G., S.S., lanbao lan sanès-sanèsipun. Restoran ingkang misuwur agêng ing Bêtawi kadosdene Tay Tong, Capitol lan sanès-sanèsipun ugi botên kantun. Dene ingkang anèh, ingkang dumugi sapriki dèrèng nate kawontênakên ing salêbêting Pasar Gambir inggih punika têtingalan ingkang awujud griya-griya kina ing Batawi kota (Oud-Batavia). Kantor Landsarchief, Stadshuis lan griya-griya Tiyonghwa ingkang wontên ing ngriku, sanajana kadamêl cara alit-alitan, ananging warninipun plêk kados kawontênanipun yêktos. Tumraping bôngsa Eropah ingkang mangrêtos dhatêng aluraning babad, têtingalan ingkang makatên punika têmtu nêngsêmakên sangêt.

Kados makatên kawontênaning Pasar Gambir ingkang sami dipun ajêng-ajêng ing ngakathah. Wusana sasampunipun tamu dipun sêgah bir, limun, sêtrup lan sapanunggilanipun lajêng sami bibaran.

Ing samargi-margi manah tansah kadunungan raos marêm, ngèngêt-èngêt punapa-punapa ingkang badhe kadhasarakên ing Pasar Gambir. Sadaya wau nandhakakên bilih komitening Pasar Gambir kêncêng anggènipun badhe adamêl gambiraning manahipun tiyang ningali. Ananing salêbêting raos marêm wau wontên raos kuciwa lan ngungun. Inggih punika:

Tumrap bôngsa Walandi botên kirang têtingalan ingkang ngrêmênakên. Tumrap bôngsa Sundha dipun sadhiyani tonil Sundha lan sanès-sanèsipun. Tumrap tiyang Batawi ugi kawontênakên topèng, bangsawan sapanunggilanipun. Ananging sarêng tumrap ing golongan Jawi kados-kados botên dipun wontênakên têtingalan ingkang araos kagunan Jawi, kados ta: kêthoprak, ringgit tiyang lan sanès-sanèsipun. Môngka tiyang Jawi ingkang mrêlokakên dhatêng Pasar Gambir kêpengin ningali têtingalan ingkang nocogi dhatêng raos kajawènipun botên sakêdhik. Punapa komite kasupèn, yèn kasupèn taksih wontên wêkdal kangge rêrigên.

Pawartos saking Administrasi.

Lêngganan nomêr 4533 ing Singaraja. Kw 3- 4, 1938.

Lêngganan nomêr 4225 ing Sukabumi. Buku kangge sinau carakan Jawi, karanganipun Tuwan van Dijk, ingkang sade Bukandhêl Wolters Scottweg 5, Btc.

Lêngganan nomêr 3085 ing Caruban. Bale Pustaka botên nampi padamêlan saking jawi.

Lêngganan nomêr 4271 ing Wanakêrta. Manawi sae tumrap ngakathah, katampi.

Lêngganan nomêr 52 ing Nganjuk. Benjing 1/8, kêdah maringi malih f 1.- tumrap Agustus, Sèptèmbêr '38.

Lêngganan nomêr 2754 ing Klathèn. Kenging.

Lêngganan nomêr 3460 ing Glonmore. Botên kasade.

Lêngganan nomêr 2601 ing Tambakrêja. Kangge 3e kw. '38.

Mugi Kawigatosna.

Bale Pustaka sampun nampi wisêl saking:

1. Munthilan, rêsi nomêr 13 rêgi f 3.- | 2. Tasikmalaya, rêsi nomêr 496 rêgi f 1.50 | 3. Majakêrta, rêsi nomêr 437 rêgi f 1.50 | 4. Wanagiri, rêsi nomêr 110 rêgi f 1.50

Sadaya wau tanpa apsèndêr sarta botên dipun têrangakên prêlunipun. Sintên ingkang rumaos ngintunakên, mugi kêparênga paring kabar.

--- [947] ---

Wulang Sae

Pralampitaning Panitisastra Prakawis Suka Kasêktèn dhatêng Durjana.

(Tiyang lampah piawon).

Sambêtipun Kajawèn nomêr 59.

[Pocung]

Lara mau lire pialaning laku / mulane wong ala / diwèhi guna kasêktin / iku saksat wong lara jinamon upas //

kang sinêbut guna kasêktèning pra dur / dinulur sadalan / dene dalan kang agampil / kanggo marga ngrêbdaning panggawe ala //

tarlèn namung dumunung lidhah sinambung / têgêse ing basa / balasar sasaring uni / kang sinêbar srana swara lalawora //

ngicuk bujuk para umuk rêmbug kaduk / anggorohke sabda / saking para nabi wali / dèn lirwakna wêwulange binuwanga //

kang kêlangkung guna kasaktènirèng dur / subur glis ngrêmbaka / anglir rawe dèn rabuki / nora kaya kayoman durtaning praja //

para mêngku kawasa sukaa laku / luput lan piala / rêbutan amburu melik / kabèh nyirik nganggo anggêring nagara //

amung ngracuk karsa mrih marga pakantuk / tumanduk sarira / nêrak ngrusak rajaniti / satindake mung mêrakkên para cidra //

anggêr entuk nora ngetung sesuk-sesuk / ngampyak lir wong jala / sing ala dianggo bêcik / ambênêrke wong luput bôndha kêduga //

kang para dur duk wruh kacidra ing dhuwur / cipta lêbda jiwa / pialane dèn kêmuli / mula kaul pialane tinikêlan //

saksat satu candhala nêmoni dunung / doning pandhêlikan / pialane dèn alingi / alas gêdhe pêtêng grêng ori bondhotan //

kang para dur dera durtane kêlantur / jibar-jibur suka / kasurane tanpa kering / krana samya rumangsantuk jati sraya //

sakalangklung guna sakti sudibya nung / biniyantu karya / kang para punggawa nagri / girang-girang gambira amurang marga //

anut grubyug grêgêt saute gumrêgut / aracak tumindak / para cidra budi nisthip / nora lirip nglakoni panggawe ala //

dadi sagung para dur nganggêp jinurung / rewang wong kang mênang / môngsa anaa kang wani / munasika lakune para piala //

pinilaur padha ngutuk apilamur / mungkur krana krasa / kawuk mring slira tan lali / dadi wêdi mênyang wayanganing angga //

jroning pemut Panitisastra apatut / para mêngku praja / prajangji maharjèng bumi / anyarkara mêmanising pra durjana //

[Dhandhanggula]

apêpajar ujaring kajatin / wajibing wong para mêngku praja / nora kewran pangruwate / ing ruwêt-rêntêng rêtu / pakartining parambêg juti / pêsthi apês pinapas / lêkas laksana yu / yayah wahyaning wiyata / Nitisastra ing kono mralampitani / pinton tyasing durjana //

jinatenan saupama wêsi / galigiran sapêluk gêngira / mungguh atos lan kakune / wus tan kêna winuwus / suprandene si pandhe bangkit / ngêrèh nora rêkasa / sakarsa kêlakun / kêna dèn luk luwih gampang / ginêmblengan êmpuk lêmês lir gulali / linuluh tan sawala // Badhe kasambêtan.

Pranata.

--- 948 ---

Kawruh Sawatawis

Mêncarakên Têtuwuhan Sarana Peranganing Wit.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 59.

Mênggah watonipun tiyang nurus inggih punika:

1. Anggènipun nurus ing môngsa rêndhêng utawi ing panggenan ingkang kathah toyanipun.

2. Pamancasipun ing nginggil sampun ngantos radin utawi lêgok-lêgok, ingkang sae punika mèncèng.

3. Gaman ingkang kangge mancas kêdah landhêp, awit yèn botên landhêp, pangipun lajêng pating sridhil.

4. Botên kenging ngrisakakên kalika, klikanipun sampun ngantos malicèt.

5. Perangan ingkang dipun tancêbakên, pangêthokipun kadamêla kados pônja. Manawi papak, yèn dipun tancêbakên kalikanipun sami sisèt. Yèn lancip oyodipun namung sasisih.

6. Turusan wau botên prayogi yèn enggal-enggal dipun turus, langkung sae ngêntosi garingipun tatu, prêlunipun supados botên gampil bosok.

7. Langkung prayogi malih yèn tatunipun wau dipun lèlèti tir, bubur bordho utawi karbolineum.

8. Anggènipun nancêbakên kêdah jêjêg, yèn anggènipun nanêm punika dhoyong, ingkang kathah oyodipun namung sasisih.

9. Pananêmipun botên kenging dipun rodapêksa, murugakên nglèthèkipun kalika, wasananipun lajêng bosok.

10. Yèn pananêmipun ing môngsa katiga, kêdah dipun sirami. Tumrap wit ingkang agêng ing nginggil, kêdah dipun tutupi dêbog utawi damèn.

11. Botên kenging ebah-ebah, awit yèn ebah-ebah samôngsa sampun mêdal oyodipun, oyod wau sami pêdhot têmahan pêjah.

2 Mothèl (scheuren).

Mothèl punika têgêsipun nanêm peranganing wit ingkang sampun wontên oyodipun. Trêkadhang wit ingkang badhe dipun pothèl wau dipun rekadaya supados pang-pangipun mêdala oyodipun, sarana dipun unthuk-unthuk siti ing sakiwatêngênipun dipun sirami toya klapa.

Têtuwuhan ingkang dipun pothèl punika limrahipun angèl turus-turusanipun utawi botên kenging dipun turus. Ingkang kenging dipun pothèl, upaminipun: soka, oleandêr, sêkar mêrtega, dêling, pakisaji, cêmara, sukun, jêram.

Saenipun tiyang mothèl punika migunakakên lading ingkang landhêp utawi linggis ingkang pucukipun anjêbèr landhêp. Sadèrèngipun dipun pothèl sitinipun dipun sirami rumiyin, tumuntên ladingipun dipun garit-garitakên malêbêt, lajêng dipun putêr. Sadèrèngipun dipun tanêm, godhong tuwin pang-pangipun ingkang nèm dipun prithili rumiyin.

--- 949 ---

3. Wit andaging (knol).

Pintên-pintên têtuwuhan ingkang pananêmipun migunakakên peranganing wit ingkang andaging, kados ta: uwi, gêmbili, katak, gadhung, kênthang, suwêg, talês, linjik, ganyong, walur, senthe, têmu, kunir, laos.

Wit andaging ingkang dipun tanêm punika:

1. kêdah sêpuh,

2. botên kenging mambêt toya,

3. kulitipun botên kenging risak, yèn risak lajêng bosok.

Tumrapipun talês utawi uwi, kêdah dipun kêthok-kêthok rumiyin, sadèrèngipun dipun tanêm, dipun pe rumiyin, supados botên bosok.

4. Sadaya têtuwuhan ingkang witipun andaging (knolgewassen) saenipun dipun tanêm wontên ing siti ingkang ngrokos, sabab yèn dipun tanêm ing siti ingkang atos botên sagêd agêng amargi ngrêkaos anggènipun andêdêl siti.

5. Sadaya wit andaging botên prayogi dipun pindhah, upaminipun lobak punika manawi dipun pindhah lajêng ngêpang.

6. Botên kenging mêdal anakipun kathah, yèn anakipun kathah prayogi dipun tilar satunggal kemawon. Jalaran mangke têdhanipun namung kangge damêl anake mawon, botên kobêr damêl wit andaging (knol).

4. Nyangkok (marcotteeren).

Nyangkok punika tumindakipun langkung angèl tinimbang kalihan patrap-patrap ingkang sampun kula criyosakên, milanipun dipun tindakakên tumrap têtuwuhan ingkang botên kenging dipun turus utawi dipun pothèl. Botên sadaya têtuwuhan punika kenging dipun cangkok, ingkang kenging upaminipun: pêlêm, sawo, rambutan, jêram, jambu, dhuku, tanjung, durèn lan sapanunggilanipun.

[Iklan]

Yèn tiyang badhe nyangkok punika kêdah ngèngêti bab-bab ing ngandhap punika:

1. kêdah ing môngsa kathah jawah. | 2. pados pang ingkang botên kêsêpuhên lan botên kênèmên. | 3. kêdah pang ingkang ngadêg. | 4. pados pang ingkang dunungipun andhap. | 7.5. sampun mêsthi kemawon pados wit ingkang dipun kajêngakên. Badhe kasambêtan.

Rutam (R. T. Adisumarta).

N. S. cr Purbalingga.

--- [950] ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Angsal-angsal saking Kêkesahan.

III

Garèng : Patrapmu sing kok kandhakake lagi anu, yaiku: ingatase ana ing tongtonan kowe kabênêran lungguh ana ing pêngkêrane ingkang bupati, môngka kowe têpung, hla kok kowe mênêng-mênêng bae, kuwi jênêngane kowe ora tata, dêgsura, Truk, pancèn-pancène kowe rak banjur munjuk mangkene upamane: ngunjukakên sugêng dalêm, sênguk. Sing muni mak sênguk iki sêmbahe.

Petruk : Wong aku arêp: jual mahal, Kang Garèng. Dhèk biyèn, nalikane ana ing donya aku durung pati doyan pêdhês, pancèn iya adatku mêngkono kuwi, anggêr kêtêmu têpungan lawas, iya banjur enggal-enggal tak parani, lan tak aruh-aruhi. Nèk priyayi luhur têmbungku iya: ngunjukakên sugêng dalêm, karo: glothak, sêmbahku, sarta anggonku manglungake badanku iya nganti èndhèk bangêt: ê - nyut. Dene nèk priyayi sêdhêngan, anggonku aruh-aruh iya mangkene: Ngaturi sugêng. Tur iya ora lali anggonku: thung - plak, nganthukake sirahku. Nanging patrapku sing kaya ngono kuwi kêrêp kêcelik. Kang Garèng, kaya ta mangkene. Sawijining dina kêtêmu bôngsa luhur, sing aku wis têpung bêcik, saka bungahku enggal-enggal aku mêthukake. Barêng wis ana ing ngarsane, ngok, aku nyêmbah sarta munjuk: ngunjukakên sugêng dalêm, ngok, nyêmbah manèh. Hlo, priyayi sing wis têpung bêcik karo aku dhèk biyèn kuwi mau, mung manthuk karo nglirik bae, nanging tindak têrus. Wah, ing môngka kala samono akèh uwong sing padha nêksèni patrapku mau, wadhuh, isinku ing kala samono, ambok iya ditêbas têlung benggol, masa tak wènèhna, Kang Garèng.

Garèng : Hla, kiyi kowe sing klèru, Truk, priyayi luhur kuwi beda karo kowe aku kiyi, mêsthi akèh sing dipênggalih lan diraosake. Priyayi luhur tindak-tindak, kuwi iya beda maksude karo yèn aku kowe mlaku-mlaku kae. Nèk bangsane kowe aku mlaku-mlaku, kuwi rak golèk sênênging ati, nèk-nèke mêthuki pandêlêngan sing nikmat-nikmat, kaya ta... lambe cet-cetan upamane. Seje karo bôngsa luhur, wong iya akèh sing dipanggalih lan diraosake, nèk tindak-tindak biasane iya pados... pikiran dhuwa bêlas, Truk. Mulane yèn tindak-tindak lumrahe iya pados panggonan sing sêpi-sêpi murih panggalihe aja kuwur. Hla, kowe kok wani cumanthaka aruh-aruh, iki jênênge: calak, dêgsura, lan ora wêruh ing tatakrama.

Petruk : We, hla cilaka ane, hla nèk sing mêngkene iki kêpriye. Sawijining sore ana sêkatèn ing Ngayoja aku kêtêmu têpunganaku lawas, kang kala samono ngasta jêksa. Saka sênênge aku enggal-enggal marani lan pitakon warna-warna, kanane sajak ora bungah

--- [951] ---

ora barang, wangsulane pitakonku-pitakonku, ngêmungake: ênggih, lan botên bae. Dumadakan ing kala samono kentolku di cokot lêmut, aku banjur dhingkluk prêlu arêp anggêplak lêmut mau, cêplèk, barêng aku tumênga manèh, jêbul... dèn bèi jêksa mau wis ora ana. Mara, apa ora dikon kapok aku kiyi.

Garèng : Dupèh ana priyayi siji duwe patrap ora gênah kaya ngono, aja kok banjur kok pukul gambang sama rata, liya-liyane iya mêsthi mangkono. Ora kêna, Truk. Nèk priyayi sing pikirane lumrah, ana ing tongtonan kêtêmu têpungane lawas, mêsthi malah bungah, jalaran banjur olèh kônca: kiyah-kiyah. Dene kowe mrêgoki priyayi sing kaya kok kandhakake mau, êmbuh saka lagi sêbêl awakmu, êmbuh saka kowe mrangguli priyayi sing lagi mabuk nyang pangkate, utawa priyayi sing ora kuwat ing drajat, kuwi lageane mula sok anèh-anèh. Nanging bab iki ora prêlu didawa-dawa. Wis, saiki banjurna dongenganamu, apa ing tongtonan kono satêruse kowe ora aruh-aruhan karo ingkang bupati.

Petruk : Ing kala samono aku ethok-ethok ora ngrêti babar pisan, yèn kang pinarak ana ing ngarêpku mau ingkang bupati ing Sêmarang. Sabênêre yèn ana wong sing ora bakal nyana, yèn panjênêngan dalêm kuwi mau ingkang bupati ing Sêmarang, iya ora kêna dipaido, awit agêm-agêmane pancèn iya prasaja bangêt. Dumadakan, Kang Garèng, kala samono ana priyayi loro mlêbu ing klas loge kono, lênggahe tanpa mengo ngiwa nêngên, ujug-ujug ana ing larikan ngarêp anjajari bêndara radèn ayu patih, tur iya sajak galegas-galegos. Wah, kala samono atiku andadak kêmropok, Kang Garèng, sarta banjur kêwêtu têmbungku nyang Makne Kamprèt: Hla, kae nèk bangsaku, le sok durung duwe pangaji-aji nyang priyayi putri. Ambok nèk nyang priyayi putri kuwi sing ngajèni, sanadyana ora pangkat pisan. Hla nèk nyang wong lanang mêngkono, ora ngajèni, iya ora pati kêpriye-kêpriye. Sanadyana bupati pisan, yèn kenene pancèn ora wêruh, iya ora dadi ngapa, nanging nyang wong wadon, iya sapa bae, wis wajibe wong lanang kudu ngajèni.

[Grafik]

Garèng : Yak, wong kuwi ambok aja sok opèn lan dahwèn mêngkono. Ora, Truk, Sabanjure kowe apa babar pisan ora didangu karo ingkang bupati.

Petruk : Sarèh, sarèh, Kang Garèng, rungokna [ru...]

--- [952] ---

[...ngokna] banjure dêdongenganaku kiyi. Ana ing jaba aku krungu rêrasaning wong, jare ingkang bupati ing Sêmarang kuwi prasaja lan sumrambah bangêt nyang wong-wong bawahe. Hla ing kono aku bisa ambuktèkake dhewe, Kang Garèng. Kajaba agêm-agêmane têtela prasaja bangêt, kala samono dumadakan ana priyayi sowan angaturi uninga, yèn ana tuwan-tuwan nêdya kêpanggih ngarsa dalêm. Lo, kuwi ngêrsa dalêm iya banjur jêngkar bae.

Garèng : Êngko sik, Truk, aja guru mêmuji, wong aku wis mênangi dhewe bôngsa luhur, nèk karo bangsane dhewe, wah, singa matêngga, upamane, nanging nèk karo ndara tuwan Lônda, sanadyan mung bangsane ndara tuwan Lônda Sinyo Rêbo bae, iya mung tansah: sayah tuwan, sayah tuwan. Mêngko gèk...

Petruk : Maune aku pancèn iya duwe gagasan mêngkono, Kang Garèng, nanging iki ora babarpisan. Karsa dalêm sing mangkono mau saka sumrambahe panggalihane. Ora mung nyang bangsane tuwan-tuwan bae, nanging mênyang sakabèhing bôngsa. Buktine, nyang aku bae, sing mung Petruk tanpa pênambang lan atêr-atêr apa-apa, barêng wis priksa têmênan, iya krêsa ngopèni. Sumurupa, Kang Garèng, durung suwe ingkang bupati miyos, aku, Makne Kamprèt, dalasan Bu Mar iya banjur mêtu prêlu arêp ngisèni têlih. Kang Garèng, ing kala samono ingkang bupati lagi lênggahan karo tuwan-tuwan sing ngaturi mau, barêng aku kêtêlu liwat, anggone mriksani nyang aku têrus-têrusan kae. Nanging aku ethok-ethok ora wêruh, jual mahal, Kang Garèng, sarta tanpa menga-mengo aku têrus lumêbu ing resturan ing cêdhake sing kanggo lênggahan ingkang bupati mau. Lagi bae aku kêtêlu lungguh dhawuh nyang jongos ambêstèl sing nyamlêng-nyamlêng, dumadakan ana pêmudha marani aku sarta ngandika mangkene: Panjênêngan punapa Mas Ngantèn Petruk, putranipun Mas Bèi Sêmar. Aku amangsuli: Nun inggih, wontên prêlu punapa nun. Pêmudha mau ngandika manèh: Rama kêpengin pinanggih dhatêng panjênêngan. Wèh, Kang Garèng, iki têgêse: aku ditimbali ingkang bupati, sabab sing marani aku mau putra dalêm ingkang bupati. Wah, kok iya nyata Kang Garèng, pangandikane para sêpuh, yèn para luhur kuwi mêsthi ana prabawane. Wong aku barêng nômpa timbalan mau, awakku andadak: prinding, prinding, sir, sir, sir, lan atiku iya: pênjêlut, pênjêlut, owèr, owèr. Barêng aku ngadhêp kanthi awakku sakojur buyutên, ingkang bupati andangu cara Walônda mangkene: Kowe rak Petruk kae, ta. Karo nyêmbah: sêndêlup, aku munjuk: Nun inggih, mèh bae nganggo tak sambungi: nok nok non. Ingkang bupati andangu manèh: Kowe rak sing lungguh ana ing buriku mau. Sarana nyêmbah manèh: srêbêt, aku munjuk: Inggih, kala samono dumadakan aku kèlingan nalikane Arya Dursasana didhawuhi ing Prabu Suyudana, tujune aku andadak bisa ngêrèm cangkêmku, ajaa ênggihku mau rak kalakon tak sambungi: I- ya - hah - hah - hah. Ingkang bupati dhawuh mangkene: Mêngko rak bali manèh nyang tongtonan kana, ta, padha omong-omongan, ya. Aku: crithit, nyêmbah, matur: Sandika, sarta banjur bali ing resturan manèh.

--- 953 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI.

Angsal-angsalanipun Pakaryan Post. Miturut pêpetangan angsal-angsalanipun Pakaryan Post wiwit Januari dumugi Juni 1938, tumrap post wontên f 6.131.406,- telegraaf f 2.110.341.- telefoon f 3.731.331.-. Pêpetangan makatên ing taun 1937, post f 6.467.218,-, telegraaf f 2.443.894.-, telefoon f 3.724.952.-.

Raad van Justitie badhe mriksa prakawis wontên Ponorogo. Wontên wartos, benjing dintên Sênèn ngajêng punika Raad van Justitie ing Surabaya badhe mriksa prakawis wontên ing Ponorogo. Dene prakawis ingkang badhe dipun priksa bab rajapêjah ingkang katindakakên dening bangsa Formosa sarana migunakakên pistul.

Panjênêngan Sultan Deli badhe dipun bêdhèl tingalipun. Miturut wartos saking Deli Crt. Panjênêngan Sultan Deli, sadumugining Lausanne, tingalipun dipun priksa ing dhoktêr ahli, pinanggih gêrah. Pamrayogining dhoktêr, supados dipun bêdhèl. Ing bab punika panjênêngan Sultan gêgayutan rêmbag kalihan Prof. Keunen ing nagari Walandi.

Tatanan warga ing Raad van Justitie. Miturut tatanan kawrat kêkancingan guprêmèn, tumrap Raad van Justitie Bêtawi kawontênakên: 1 President, 3 Vice-president, 10 warga, 1 Officier van Justitie, 5 Substituut officier van Justitie, 1 Griffier tuwin 1 Substituut Griffier.

H.B.S. ing Magêlang sande. Miturut katrangan, sampun wontên dhawuh saking parentah, bilih badhe adêging H.B.S. ing Magêlang botên kaparêngakên.

Têtingalan amal. Wontên wartos, benjing Pasar Gambir ing Bêtawi, golongan Tionghoa ing golongan katingal badhe ngadani damêl têtingalan toneel ingkang angsal-angsalanipun badhe kangge dêrma Roode Kruisfonds Tiongkok. Adêging têtingalan punika badhe kathah ingkang ambiyantu.

Pindhahan babagan landraad. Mr. M. Kusnun Citrowardoyo, pangarsa Landraad ing Kêbumèn dados pangarsa Landraad ing Jombang tuwin Mojokêrto. R. Suprapto, dados pangarsa Landraad nomêr kalih sawatawis dangunipun ing Jombang tuwin Mojokêrto manggèn ing Jombang. Mr. M. Husin Tirtohamijoyo pangarsa Landraad ing Bojonêgoro tuwin Tuban, dados Landrechter ing Madiun. M. Krisno, rechtkundige, Landrechter ing Pêkalongan, dados Landrechter Purworêjo. R.M. Sudarto Mangkusubroto, rechtkundige, Landrechter ing Têgal, dados Landrechter ing Purwokêrto. Mr. Jenal Abidin, pangarsa Landraad ing Brêbês, dados Landrechter ing Têgal. Sultan Zaenul Arifin, rechtkundige, Landrechter ing Mr. Cornelis, dados Landrechter ing Sukabumi tuwin Bogor. R. Suwarso Probokeso, rechtkundige, onder-voorzitter Landraad ing Ngayogyakarta, dados Landrechter ing Bondowoso. R. Mursidi, rechtkundige, voorzitter Landraad ing Jombang, dados voorzitter Landraad ing Brêbês. Mr. R. Wiryonokusumo, voorzitter Landraad Blora tuwin Rêmbang, dados voorzitter Landraad Kandangan tuwin Amuntai, Borneo. R. Sahrin, rechtkundige, onder voorzitter Landraad Bandung tuwin Sumêdang, dados voorzitter Landraad Blora tuwin Rêmbang.

Prakawisipun Kyai Sandim. Ingajêng nate kawartosakên ing Palêsaran, Cirêbon, wontên pakêmpalan ingkang dipun sêpuhi dening Kyai Sandim, para warganing pakêmpalan wau sami gadhah paturan dhatêng Sri Bagendha Maharaja Putri, mawi dipun capi ing arta bolongan. Ing salajêngipun Kyai Sandim ngajal, pakêmpalan sirêp. Nanging nyatanipun pakêmpalan wau taksih ngadêg, sampun wontên ingkang gumantos kyai.

Kapal kaji. Wiwit sapunika para tiyang ingkang sami badhe minggah kaji sampun rêrêmbagan kalihan kantor kapal Kongsi Tiga. Kapal ingkang badhe bidhal kapisan wontên tanggal 20 Augustus ngajêng punika, kapal Kota Baru.

Tilas raja ing Atu dipun wangsulakên. Tilas raja ing Atu, Selebes tengah, ingkang dipun singkirakên dhatêng laladan Banyumas, sampun kaparêng wangsul dhatêng nagarinipun, dipun dhèrèkakên dening satunggiling klerk. Raja wau sampun yuswa 70 taun, salêbêtipun 30 taun wontên ing Banyumas, namung wontên ing dalêm kemawon kalihan abdinipun satunggal, tiyang Banyumas, nama Saro, ingkang ngantos ngêrtos basa Bugis. Raja punika botên sagêd basa Mêlayu. Wontênipun dipun singkirakên mriku punika gêgayutan kalihan paprangan ing Selebes Têngah 30 taun kêpêngkêr.

[Grafik]

Rêdi Krakatao ngêdalakên kukus. Inginggil punika gambar rêdi Krakatao nuju ngêdalakên kukus ingkang inggilipun 800 mètêr. Dumuginipun punika rêdi Krakatao wau asring kawartosakên taksih sok krodha.

Landbouwschool Mohammadiyah Surakarta. Wiwit taun 1935, ing Surakarta wontên pamulangan tatanèn, ada-adanipun Mohammadiyah, kabiyantu Tuwan Ir. R. Gunung Iskandar, Landbouwconsulent ing Surakarta. Sinaunipun 2 taun, manggèn ing pamulangan (Internaat). Wiwitipun ngêdalakên lare kala wulan Juli 1937. Dene ingkang mêdal taun punika wontên 10 (Juli 1938), inggih punika: 1. Sumadi, saking dhistrik Jatinom, Klatèn. 2. Sukarno, saking Sukoharjo, Surakarta. 3. Sujarman saking kitha M.N., Surakarta. 4. Mranoto saking Karangjati, Blora. 5. Tugimin saking Jatinom, Klatèn. 6. Supingat saking Jatinom, Klatèn. 7. Suhono saking Karanggêdhe, Boyolali. 8. Suripto saking Jatinom, Klatèn. 9. Sahidi saking Bèji, Klatèn. 10. Suyud saking Banyudono, Boyolali. Kajawi punika taksih wontên murid 2 ingkang badhe dipun examen malih (herexamen). Wondene ingkang sami nindakakên tuntunan sêkolah tatanèn punika: 1. Panjênêngan Tuwan Ir. R. Gunung Iskandar Landbouwconsulent Surakarta: Adviseur. 2. R. Subroto Landbouwopzichter Surakarta, pangajêng sêkolah. 3. R. Suwardi Adjunct Landbouwconsulent 1ste kl. Surakarta. 4. R. Umar Adjunct Landbouwconsulent 1 ste kl. Têgalgondo Surakarta. 5. R. Isman Tuinbouwopzichter Tahudan Surakarta. 6. M. Kamijan Opnemerwaterleiding Surakarta. 7. R. Rg. Jogotani ronggotani kitha

--- 954 ---

Mangkunagaran. 8. M. Jais voorwerker Landbouwschool Mohammadiyah Surakarta.

Dene wragadipun sêkolah wontên ing pamulangan têtanèn sawulanipun f 3.-, punika tumonjo: bayaran sêkolah, waragad nêdha, pirantos sêkolah, jampi tuwin saperangan kangge cêpênganipun lare. Mênggah princènipun: f 1,20 kangge tumbas wos 30 kati a 4 cent, f 0,4 tumbas lawuh 30 dintên a 1 1/2 cent, f 0,75 bayaran sêkolah sawulan, f 0,30 pirantos sêkolah saha jampi-jampi, f 0,30 kangge cêpênganipun lare sawulan (katampèkakên lare).

Papan têtanèn ing Banyumas. Ing Banyumas wontên papan têtanèn, manggèn wontên pasitèn tilas pabrik ing Klampok ingkang sampun katutup, wiwitipun kala ing taun 1936, adhapur pamulangan. Ing sapunika muridipun sampun wontên 140. Para muridipun dipun wulang têtanèn, miyara rajakaya, ngingah ulam tuwin sanès-sanèsipun. Pinanggihipun ing sapunika, katingal nyênêngakên, panenanipun sampun ngungkuli panggenan sanès-sanèsipun. Angsal-angsalan ing sanès panggenan ing dalêm sabau wontên 15 dumugi 20 pikul, ingriku sagêd angsal 27 pikul. Pamêdalipun palawija sagêd tikêl kalih tinimbang sanès panggenan. Tuwin sanès-sanèsipun. Ing pangangkah têtanèn wau badhe saya dipun agêngakên, kanthi angsal pitulungan arta saking Kantoor van Arbeid.

Congres Gerindo. Kala dintên Ngahad kêpêngkêr, Gerindo kêlampahan sampun ngawontênakên congres, manggèn wontên ing Gêdhong Pêrmufakatan Indonesia ing Gang Kênari, Bêtawi. Ingkang dhatêng ingriku wontên tiyang kirang-langkung 2000, wêwakiling pakêmpalan wontên 70. Wosing rêmbagipun Gerindo badhe ngawontênakên tatanan ngangkah kamajêngan. Dumugi bibaran wilujêng.

Bond Gep. Militairen. Pangarsaning Bond Gep. Militairen golongan tiyang siti Tuwan Pattipeilohy tumindak propagandha dhatêng Sumatra. Ing pundi papan ingkang dipun dhatêngi, kathah ingkang lajêng malêbêt warga. Dumuginipun sapunika Bond wau sampun gadhah pang 240, warganipun 22.000.

Manggèn ing rosokan kapal Baud. Têtiyang ing pulo Têngah, sagantên Banda, sami gadhah atur dhatêng ingkang wajib, sami kaparênga manggèn wontên salêbêting kapal Baud ingkang risak. Ing bab punika dipun parêngakên. Têtiyang ing pulo Têngah lajêng sami pindhah dhatêng kapal wau.

NAGARI WALANDI.

Barang-barangipun kapal Lutin ingkang dipun padosi. Kapal kêruk Karimata anggèning ngêruk sadhasaring sagantên, kados ingkang sampun nate dipun wartosakên, manggih pirantos ngukur Sepanyol. Nanging taksih dipun samarakên, punapa inggih barang wau kalêbêt bandhanipun kapal Lutin. Salajêngipun wontên wartos bilih barang wau gadhahanipun tiyang ingkang numpak kapal Lutin. Sarêng manggih pasaksèn ingkang makatên wau, lajêng wontên pangintên, barang wau, dumunung wontên ing perangan ngajêng, dene dununging bandha tamtu wontên perangan wingking.

Puhan pangunjukan dalêm Putri Beatrix. Ing salêbêtipun Putri Beatrix kabêkta têdhakan ingkang ibu, pangunjukan dalêm puhan têtêp ngagêm kados ingkang sampun, sabên dintên puhan wau kabêkta ing motor mabur K.L.M. dhatêng Berlinjn, salajêngipun saking ngriku kabêkta dhatêng Heiligdam.

EROPA.

Madrid dipun têmpuh malih. Madrid mêntas dipun têmpuh malih ing mêngsah saking gêgana, dangunipun ngantos kalih jam. Bom ingkang dhawah kintên-kintên wontên 400, nênggêl ngèngingi pakampungan salêbêting kitha. Gêdhong wêwakil Chili ingkang dipun angge griya sakit, ugi dipun têmpuh. Margi-margi sami kêpêpêtan rêmukan griya. Golongan fascist ing madyaning paprangan ing Estramadura sampun rampung panêmpuhipun, sagêd nawan tiyang 15.000. Vrachtauto ingkang dipun jarah atusan, punapadene sanjata tuwin obat mimis, kathah ingkang kêjarah.

Sumarening layonipun pramèswari Rumenie. Dumugining dintên sumarening layonipun pramèswari Nata Rumenie Marie, mawi upacara agêng-agêngan caraning karaton. Lampahing layon langkung margi-margi agêng ing Bukarest dhatêng pasarean, inggih punika ing Kathedraal Curtea de Argesh, nunggil ingkang raka nata suwargi. Têtiyang sami bela sungkawa kanthi urmat andhodhok wontên sangajênging station, anyarêngi nalika layon dipun angkat dening para upsir badhe kainggahakên dhatêng sêpur.

[Iklan]

ASIA.

Tentoonstelling Internationaal. Ministêring babagan padagangan ing Jêpan mêntas ngawontênakên parêpatan, ngrêmbag bilih Tentoonstelling Internationaal ingkang badhe dipun wontênakên ing taun 1940 badhe kaundurakên wontên ing rampungipun paprangan Tiongkok.

Jawah angin agêng tuwin bêna. Miturut wartos saking Peiping, mêntas wontên jawah angin agêng, ingkang salaminipun dèrèng wontên ingkang kados makatên. Ing Tiongkok lèr kathah sangêt karisakan. Dhistrik antawising Tènsin tuwin Peiping kêbênan. Tangguling lèpèn Yangtze kasamarakên manawi bêdhah. Kathah margi ingkang kaalang-alangan. Lèpèn Hoangho lubèr, kaintênkakintên. kathah ingkang kêlêban.

Tandanging wadya Tiongkok ing sisih lèr. Miturut wartos, wadya Tiongkok apacak baris ing papan ingkang langkung wigatos. Chiang Kai Shek sampun nglêmpakakên wadya 200.000 wontên ing sisih kilèn, ing margi sêpur Luanghai. Ingriku katingal bilih wadya Tiongkok pêrlu ngayomi margi sêpur ngriku, ingkang salajêngipun badhe ngrêbat laladan sisih kidul ing provincie Shansi. Wadya Jêpan ingriku sampun ajêng-ajêngan kalihan wadya Tiongkok ingkang langkung kiyat. Kajawi punika taksih wontên panggenan sanès-sanèsipun ingkang tataning baris Tiongkok langkung kiyat. Tindak tataning baris wadya Tiongkok punika badhe nêmpuh dhatêng pundi-pundi, saha lajêng ngayomi provincie sisih kidul.

AMERIKA.

Babaya angin agêng. Miturut wartos saking New York, ing Amerika Serikat wontosmêntas. wontên prahara, ngantos adamêl tiwasing tiyang 12. Kapitunanipun wontên 5.000.000 dollar. Tiyang ingkang kecalan balegriya atusan. Kajawi punika wontên bêna agêng ingkang jalaran saking dêrêsing jawah. Pasitèn ing sakubêngipun San Baba kasamarakên manawi kêbênan saking lubèraning lèpèn Colorado. Ing kala nuju dêrês-dêrêsing jawah, wontên motor mabur marine nuju anggêgana narajang dêrêsing jawah tuwin agênging angin, ingriku motor mabur lajêng dhawah, tiyang ingkang numpak tiga sami tiwas.

--- 955 ---

Wêwaosan

Anakipun Tarsan.

Pêpiridan saking buku karanganipun Edgar Rice Burroughs.

3

Sarêng têtiyang sadaya wau wangsul dhatêng kapal Maryori, Polwic ugi tumut wangsul, nanging ing kala punika dipun tut wingking ing kêthèk agêng, ingkang ing sêmu botên purun pisah malih kalihan Polwic aliyas Misèl wau. Mênggahing kaptin ingkang nguwaosi baita, botên kawratan bilih kêthèk bangkokan tumut numpak ing kapal ngriku. Sarêng sampun wontên ing salêbêtipun kapal, kêthèk wau sabên pinanggih kalihan tiyang enggal inggih lajêng anitipriksa sêtiti sangêt, nanging sasampunipun, kados adat, inggih lajêng unjal ambêgan kadosdene tiyang ingkang gêla punika. Para opsiring kapal tuwin para ahli, asring sangêt angrêmbag ing bab kawontênanipun kêthèk wau, nanging botên wontên ingkang sagêd suka katrangan ingkang mèmpêr ing bab tandang-tandukipun kêthèk bangkokan ingkang nganèh-anèhi wau, inggih punika: anggèning tansah anitipriksa raining tiyang ingkang mêntas pinanggih. Saupami kêthèk wau kapanggih wontên ing tanah Aprikah utawi wontên ing panggenan sanès-sanèsipun, dados botên wontên ing pulo alit punika tamtu têtiyang wau sami ngrêtos, bilih ing suwau-waunipun kêthèk wau gadhahaning tiyang ingkang dipun trêsnani sangêt. Nanging gagasan ingkang makatên punika mokal mênggahing lêrêsipun, awit inggih jalaran kapanggihipun kêthèk bangkokan wau wontên ing pulo alit punika. Nitik solah-tingkahipun, kadosdene kêthèk wau wontên ingkang dipun padosi, malah wiwitanipun wontên ing baita, tanpa kèndêl tansah ambus-ambus kemawon, kadosdene sagawon ingkang sawêg ngupadosi punapa-punapa nanging sarêng sampun nênitipriksa sadaya tiyang ingkang wontên ing kapal ngriku, sarta sampun waradin anggènipun nêniti kawontênanipun ing salêbêting kapal ngriku, pun kêthèk kadosdene lajêng botên amrêduli malih dhatêng ing kiwa têngênipun ngriku. Sanadyan dhatêng Polwic piyambak inggih botên amrêduli babarpisan. Purunipun migatosakên dhatêng Polwic aliyas Misèl, ngêmungakên kalanipun dipun sukani têdha kemawon. Mênggah nyatanipun, tumraping têtiyang kapal sadaya wau, pun kêthèk bangkokan botên wontên ingkang dipun kulinani, kosok-wangsulipun, salaminipun wontên ing kapal, inggih botên nate ngatingalakên galakipun, kadosdene ingkang sampun kalampahan kala angêrêg têtiyang kapal kados ingkang sampun kacariyosakên ing nginggil.

Manawi ing wanci siyang, kêthèk bangkokan wau ajêg linggih wontên ing canthiking kapal kalihan tansah ngincêng ing katêbihan, botên beda kados limrahing tiyang, kadosdene kêthèk wau gadhah pikiran, bilih danguning-dangu kapal ingkang dipun tumpaki punika têmtu lajêng labuh ing salah satunggiling palabuhan ingkang dipun dunungi ing manusa. Ing ngriku sêdyaning kêthèk bangkokan ugi badhe nitipriksa malih. Jalaran saking solahipun ingkang nganèh-anèhi wau, têtiyang ing kapal Maryori nganggêp dhatêng kêthèk bangkokan punika satunggiling sato ingkang aèng. Salajêngipun kêthèk wau dipun namakakên: Ayak, dening satunggiling matrus. Botên namung solahipun ingkang nganèh-anèhi wau, ingkang andadosakên jalaran dipun wastani aèng, nanging badanipun ingkang agêng tuwin santosa, tumraping kêthèk, mila inggih anggumunakên sangêt. Bilih kêthèk bangkokan wau sampun sêpuh, sagêd katitik saking tandang-tandukipun, nanging jalaran dening sêpuh wau, punapa kêkiyatanipun utawi pikiranipun sampun kathah sudanipun, botên wontên tiyang ingkang sagêd anggagapi.

Danguning-dangu lampahipun kapal Maryori wau lajêng dumugi ing tanah Inggris. Para opsiring kapal, punapadene para ahli ingkang sami tumut numpak kapal, sami wêlas dhatêng Polwic aliyas Misèl, dene badanipun sakalangkung risak ngantos botên kuwagang nyambut damêl punapa-punapa, amila sadaya wau lajêng angêmpalakên arta ingkang lajêng kasukakakên dhatêng Polwic minôngka kangge pawitanipun ngupados têdha wontên ing tanah Inggris ngriku. Salajêngipun Polwic kanthi kêthèk bangkokan wau lajêng pamit dhatêng para opsir tuwin para ahli, nilar kapal Maryori sumêdya bidhal dhatêng ing kitha Londhên.

Lampahipun saking palabuhan dhatêng kitha Londhên, ing samargi-margi Polwic tansah ribêd angladosi pun Ayak. Awit sabên pinanggih tiyang, kados padatanipun, Ayak têmtu lajêng kèndêl prêlu anitipriksa rainipun tiyang wau kanthi taliti sangêt. Ingkang kathah tiyang ingkang dipun titipriksa dening kêthèk bangkokan punika, inggih kagèt sarta kamigilan sangêt, ing wusana sarêng Ayak têtela bilih botên sagêd kapanggih tiyang ingkang dipun padosi wau, ing sêmu katingal gêla sarta katingalipun lajêng kadosdene botên purun amrêduli malih dhatêng ing kiwa-têngênipun. Purun-purun tumênga lan migatosakên, manawi kalêrêsan wontên tiyang enggal, ingkang dèrèng nate dipun sumêrêpi.

--- 956 ---

Sadumuginipun ing kitha Londhên, PolwisPolwic (dan di tempat lain). kalihan kêthèk bangkokan, tumuntên anjujug ing griyanipun juru panutut kewan. Sanalika punika juru panutut kewan rumaos katarik ing manahipun dhatêng Ayak, saha sagah suka wulangan dhatêng Ayak prêlunipun minôngka kangge ambarang ing têmbe wingking, dene angsal-angsalanipun badhe kabage kalih. Sadangunipun kêthèk wau dipun ajari, Polwis tuwin kêthèkipun angsal têdha saking juru panutut kewan wau.

Polwis anyagahi, lan botên watawis dangu ing kumidhi sirkês ingkang main wontên ing kitha Londhên, têtingalanipun ingkang dados pangeram-eramanipun tiyang kathah, botên sanès kajawi pamainipun Ayak wau.

II

Kacariyos, ing kitha Londhên wontên satunggiling tiyang neneman nama Harolmur (Harold Moore). Sanadyan taksih nèm umur-umuranipun nanging Harolmur wau tansah anêtêpi kanthi tumêmên punapa ingkang dados kuwajibanipun. Dene ingkang dados kuwajibanipun tiyang neneman punika, mulang dhatêng putranipun bôngsa luhur ing kitha ngriku. Nanging piyambakipun angrumaosi, bilih kamajênganipun lare ingkang dipun wulang wau, botên adamêl marêming para sêpuhipun. Amila ing bab punika anuju ing satunggiling dintên Harolmur ngaturi katêrangan dhatêng ibu muridipun wau, kirang langkung makatên:

Mênggah nyatanipun, botên jalaran putra panjênêngan punika kirang landhêp èngêtanipun, saupami makatêna, kula taksih sagêd gadhah pangajêng-ajêng, sarana pangudi ingkang têmên-têmên, bilih ing têmbe putra panjênêngan tamtu badhe majêng pasinaonipun. Nanging ingkang damêl judhêging manah kula salêrêsipun putra panjênêngan punika landhêp sangêt èngêtanipun, sadaya ingkang kula wulangakên, têmtu lajêng enggal nyathêt kemawon, amila inggih botên nate kacuwan ing manah, bilih putra panjênêngan botên sagêd punapa ingkang sampun kula wulangakên. Nanging putra panjênêngan punika botên nate purun migatosakên dhatêng prakawis-prakawis ingkang kula wulangakên. Dados anggènipun sinau wau, ngêmungakên dipun anggêp kadosdene satunggiling kuwajiban ingkang enggal-enggal dipun lampahi. Dados kula mangrêtos, bilih putra panjênêngan punika sasampunipun nampi wulangan, inggih botên manah malih dhatêng wulangan wau, ngantos dhawah ing wancinipun kêdah sinau malih. Dados cêkakipun, dhatêng sinau putra panjênêngan punika bakunipun botên rêmên. Dene ingkang dipun rêmêni, ngêmungakên maos buku-buku, ingkang nyariyosakên ing bab kakêndêlaning manusa, utawi cariyos prakawis gêsang tuwin adat tatacaranipun bôngsa tiyang wanan. Manawi sampun maos cariyos babadipun sato wana utawi kawontênanipun wana gung ing tanah Aprikah, punika ngantos jam-jaman tanpa wontên sayahipun. Sampun kaping kalih kula èngêtakên anggènipun wontên ing kamaripun ngantos têngah dalu maos buku ing bab gêsangipun tiyang wana tuwin sato kewan ing tanah Aprikah, ewasamantên mêksa inggih botên kapok-kapok.

Mirêng wadulanipun Harolmur ingkang makatên wau, ibunipun lare wau ing sêmu katingal bingung panggalihipun saha lajêng angandika makatên:

Nanging sampeyan rak inggih botên angojok-ojoki, ta.

Harolmur katingal pucêt saha matur: Malah kula nyobi ngrêbat bukunipun wau, nanging putra panjênêngan punika sanadyan taksih timur, karosanipun botên kados limrahing lare.

Sang putri: Punapa anak kula botên purun ngêlungakên bukunipun.

Harolmur: Botên. Ingkang putra inggih botên nêpsu, nanging manawi kalêrês makatên wau, piyambakipun sok lajêng gadhah rumaos kados satunggiling kêthèk bangkokan, kula dipun upamèkakên kêthèk limrah, ingkang nêdya ngrêbat mangsanipun. Kula lajêng dipun angkat manginggil saha kauncalakên dhawah ing pasareanipun. Anggènipun badhe ngangkat kula punika, kula katubruk rumiyin kanthi ngêdalakên suwara ingkang ngajrih-ajrihi sangêt. Sasampinun kula kauncalakên dhawah ing papan pasareanipun, piyambakipun lajêng gêrêng-gêrêng sarta mringas-mringis kadosdene badhe mêjahi dhatêng kula. Salajêngipun nuntên ngidak dhadha kula sarwi ngumbar suwara ingkang anggêgilani sangêt. Miturut cariyosipun ingkang putra, punika sumbaripun kêthèk bangkokan jalêr manawi sagêd ngasorakên mêngsahipun. Sasampunipun kula lajêng kajunjung kabêkta mêdal saking kamar. Kamaripun lajêng kakunci saking nglêbêt saha lajêng anglajêngakên anggènipun maos buku wau.

Ngantos sawatawis mênit dangunipun, kalih-kalihipun namung kèndêl kemawon. Ing wusana sang putri lajêng ngandika malih makatên:

Kados prêlu sangêt sampeyan samangke kêdah ambudidaya, sampun ngantos anak kula: Jak (Jack) kalajêng-lajêng gadhah kasênêngan ingkang makatên punika. Wiwit samangke piyambakipun... dèrèng ngantos rampung anggènipun ngandika sang putri, dumadakan kamirêngan suwara lare: hop, hop, hop, wontên ing lêrêsipun jandhela. Mênggah kamar ingkang kangge rêrêmbagan tiyang kalih wau wontên ing lotèng ingkang ôngka kalih. Ing sacakêtipun jandhela ngriku wontên witipun agêng, ingkang pangipun mantêlung dhatêng jandhela wau. Dene ingkang nyuwara: hop, hop, hop, punika, botên sanès kajawi lare ingkang sawêg dipun rêmbag ing tiyang kalih wau. Mênggah wujuding lare katingal santosa lan kiyat. Ing kala punika sawêg yun-yunan wontên ing pang ingkang mêntêlung wau, botên pisan-pisan gadhah ajrih utawi sumêlang bilih pangipun sêmpal. Malah sarêng lare punika sumêrêp, kagètipun tiyang kalih ingkang wontên ing kamar, ing sêmu bingahipun tanpa upami, sarta lajêng surak-surak sêru. Badhe kasambêtan.