Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08, #1667

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1938, #1667
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-02, #1667. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1509.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03, #1667. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1510.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04, #1667. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1511.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05, #1667. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1512.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06, #1667. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1513.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07, #1667. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1514.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08, #1667. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1515.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10, #1667. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1516.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11, #1667. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1517.

Ôngka 62, Rê Kli, 6 Jumadilakir Jimawal 1869, 3 Agustus 1938, Taun XIII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f. 1.50,- Bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Tiongkok - Tiyang Bacillendrager Sampun 20 Taun Nêmbe Konangan - Intên - Marsudi Gêndhing Jawi - Kawontênan Sajawining Praja - Angsal-angsal saking Kêkesahan - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.

Tiongkok

[Grafik]

Sêsawangan ing Kulang Seu, cêlak Amoy, ingkang ing ngriku dipun jagi dening kapal tèrpedho Jêpan.

--- 958 ---

Bab Kasarasan

Tiyang bacillendrager sampun 20 taun nêmbe konangan.

Ing nagari C. bawah Inggris ing taun 1937 wontên pagêblug sêsakit typhus, ing kitha wau cacah jiwanipun 250.000, ingkang katrajang sêsakit wau wontên tiyang 310, ingkang tiwas 43.

Ing nagari-nagari tanah Eropah lan ing tanah Inggris, bab pranatan panjagi panulakipun sêsakit (hygiene) ingkang nular punika radin-radin têmtu sampun nyêkapi lan botên kuciwa, mila têtiyang ing nagari ngriku inggih sami gumun sangêt, dene ngantos sagêd kadadosan thukul pagêblug sêsakit typhus makatên punika.

Sanajan kêpala nagari utawi chef Geneeskundige Dinst piyambak ing nagari ngriku inggih sami kagèt dening nagarinipun sagêd thukul sêsakit typhus ngômbra-ômbra makatên wau.

Ing wêkdal wau inspecteur dhoktêr lajêng tampi dhawuh saking nagari kêdah enggal-enggal mundhut katrangan sabab-sababipun thukuling sêsakit wau, enggal dipun tanggulangi supados sêsakit wau tumuntên sagêda sirna.

Inspecteur dhoktêr pamriksanipun ingkang rumiyin kawontênanipun têtiyang ingkang katrajang sêsakit wau, lajêng mriksa toya ingkang sabên dintênipun dipun angge umbah-umbah, adus utawi ngombe dening têtiyang ing kitha ngriku, saking pundi angsalipun toya wau, nuntên kapriksa tukipun toya-toya ingkang dipun ilèkakên dhatêng kitha punika.

Pinanggihipun papriksan wau, thukuling pagêblug sêsakit punika gêgayutan kalihan tigang prakawis.

1. Tuking toya ingkang sampun dipun tata mawi bêndungan sae ing wêkdal punika risak pompanipun, mila installatie ingkang kangge mompa toya dhatêng wadhuk ingkang kangge têtiyang 40.000 ing kitha C wau, dipun dandosi.

2. Salah satunggalipun tiyang kuli ingkang nyambutdamêl ing ngriku ngandhut baksil typhus (bacillendrager).

3. Ing wêkdal pompa installatie dipun dandosi, anggènipun nawa toya ing ngriku dipun kèndêli.

Tuking toya (bron) wau ingkang damêl sakitipun tiyang kathah, panggenanipun ing siti ingkang lêdhok, lêbêtipun ± 50 m, sampun dipun tata dening waterleiding bedrijf dipun damêlakên wadhuk sae, lêbêtipun inggih 50 m, pompa installatie ingkang kangge mompa toya saking tuk dhatêng wadhuk wau, sanajan taksih kenging dipun damêl mompa lan toyanipun inggih taksih dipun ilèkakên dhatêng kitha, nanging sampun ewah utawi risak, mila kêdah dipun dandosi malih.

Ing sarèhning kalih taun kapêngkêr wontên kuli kalih ingkang nyambut damêl ing wadhuk ngriku sami katiwasan dhawah saking lift (ing griya-griya ingkang inggilipun 20-30 m. iIng Eropah utawi ing panggenan padamêlan [padamê...]

--- 959 ---

[...lan] ing lêbêt (ngandhap) siti ingkang lêbêtipun 30 m utawi langkung ing Eropah têtiyang ingkang sami nyambutdamêl wau, minggah mandhapipun botên mawi ôndha, mawi lift (kados pêthi bikakan dipun tumpaki tiyang ingkang badhe minggah utawi mandhap wau, dipun kèrèk sarana mêsin), mila têtiyang kuli ingkang baku ajrih sami botên purun nyambut damêl ing ngriku. Waterleiding bedrijf, lajêng ngupados têtiyang kuli sanèsipun ingkang purun utawi kajêng piyambak (prijwillig).

[Iklan]

Wontên tiyang 18 ingkang purun nandangi padamêlan wau, ewadene namung satunggal kalih kemawon ingkang pancèn sampun kulina ingkang purun nyambut damêl rêrêsik ing panggenan ingkang rêgêd ing kalèn, tuwin sapanunggilanipun, dados têtiyang kuli punika inggih botên mawi pilih-pilih rêsik lan saras badanipun. Môngka yèn tiyang gadhah sêsakit ingkang nular nyambut damêl ing toya ingkang kaangge tiyang kathah makatên punika, tumrap têtiyang ingkang ngangge toya wau têmtu ambêbayani. Sanajan tiyang kuli wau sampun nate utawi kulina nyambut damêl ing panggenan ingkang rêgêd, lajêng nandangi padamêlan ing toya punika, inggih botên dados punapa, yèn badanipun kasarasan. Badhe kasambêtan.

R. Sumadirja, Ind. Art. Sêmarang.

--- 960 ---

Intên

Sami-sami barang pêlikan, ingkang sumarambah ing sajagad saha dipun rêmêni ing tiyang, kados botên wontên ingkang ngungkuli intên. Dene anggènipun dipun rêmêni wau botên sanès saking anggèning gadhah sorot gumêbyar.

[Grafik]

Têtiyang nuju sami pados intên wontên ing lèpèn tanah Borneo.

Panggenan ingkang mêdal intênipun wau pinanggih wontên ing Amerikah, Aprikah Kidul, laladan Inggris tuwin tanah ngriki, inggih punika ing Borneo. Dene tanah Borneo ingkang mêdal intênipun wau ing Martapura, laladan Banjarmasin, tuwin laladan Ponteanak sauruting lèpèn Landhak tuwin lèpèn Siak ingkang anjog lèpèn Kapuas. Jalaran saking sumêbaripun têtiyang ing nagari intên wau, inggih punika têtiyang ing laladan Banjarmasin, têtiyangipun lajêng kêtêlah dipun wastani tiyang Banjar, saha limrahipun, tiyang Banjar wau dipun wastani tiyang ingkang damêlipun dagang intên. Mila tumraping nagari ingkang majêng padaganganipun intên, upaminipun ing Kuthagêdhe, Ngayogyakarta, tuwin sanès-sanèsipun, dados ambah-ambahanipun bôngsa Banjar wau.

Manawi mirid adining barang wau, tiyang sampun gadhah pangintên rêkaos pangupadosipun, punika pancèn nyata. Miturut katrangan, dununging intên wau wontên salêbêting siti tuwin amor kalihan rêmukan sela utawi wêdhi ing sadhasaripun lèpèn, mila patraping anggènipun pados inggih beda-beda. Wontên ingkang sarana andhudhuk utawi gogo ing lèpèn.

Ingkang pinanggih ing tanah Borneo, ingkang padosipun sarana andhudhuk, punika kanthi patrap kados tiyang damêl sumur, inggih siti ingkang dipun dhudhuk wau ingkang dipun padosi intênipun. Nanging intên ingkang asli dhudhukan saking salêbêting siti wau kawon sae kalihan ingkang asli pêndhêtan saking lèpèn, mila intên ing Borneo ingkang asli saking lèpèn wau kalêbêt onjo. Siti dhudhukan ingkang kasêbut ing nginggil wau lajêng dipun padosi selanipun intên, ingkang wujudipun [wuju...]

--- 961 ---

[...dipun] cêmêng limrah. Dados tumrap tiyang ingkang dèrèng kulina, botên sagêd amastani beda-bedaning sela wau. Dene gumêbyaripun, ing mangke manawi sampun dipun gosok.

Tumrap ingkang pados ing lèpèn, punika patrapipun botên beda kalihan tiyang gogo, siti utawi pasir dipun lêbêtakên ing pirantos ingkang dipun wastani dhulang, ingkang kadamêl kajêng ingkang wangunipun kados caping dipun lumahakên, ing ngriku lajêng dipun limbang ing toya ngantos pinanggih selanipun intên. Patrapipun pados wau katingal prasaja sangêt.

[Grafik]

Anggosok intên.

Sela-sela intên wau lajêng dipun gosok ing pirantos ingkang mawi mêsin, katindakakên ing tiyang ahli. Ing salajêngipun juru anggosok wau lajêng sumêrêp dhatêng aji undha-usuking intên. Wontên ingkang sorotipun bêning pêthak, jêne, sêmu abrit, jambon, wungu, sêmu ijêm, biru tuwin cêmêng. Soroting intên wau lajêng ngawontênakên nama saha ngawontênakên kapitadosan dhatêng dayanipun. Intên wau sawêdalipun saking panggosokan sampun nama dados padagangan.

[Grafik]

Damêl sumuran pados intên.

Ing ngajêng tiyang pados intên punika sami pados piyambak-piyambak, nanging pinanggihipun sok botên urup, dene botên têmtu angsalipun, dangu-dangu lajêng ngawontênakên tindak sêsarêngan, sarana ngêdum waradin angsal-angsalanipun, saha wujud panggaotan.

--- 962 ---

Kagunan Jawi

Marsudi Gêndhing Jawi.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 60.

Pola ôngka 2.

Gd. Têbusauyun, irama tamban, dipun sênggaki saha dipun gerongi.

[Notasi]

Dumugi samantên rumiyin, anggèn kula andamêl pola gêndhing-gêndhing ingkang pathêt nêm.

Supados botên ambosêni, sapunika kula badhe andamêl pola gêndhing-gêndhing pathêt sanga.

Sagêd ugi salah satunggalipun para maos, dèrèng mangrêtos, punapa ingkang dipun wastani pathêt.

Bab pathêt.

Ingkang dipun wastani pathêt punika, ungêlipun swara ingkang botên kaumbar (swara kapathêt).

Dene têgêsipun pathêt, tumrap wontên ing gôngsa: inggih punika culikan, swara ungêlipun [ungêli...]

--- 963 ---

[...pun] gôngsa, ingkang badhe dipun ungêlakên. Namung mêndhêt sabagean, tur swaranipun lirih, dedene. ingkang dipun ungêlakên namung: rêbab, gambang, gêndèr, suling. Lagunipun, kados sulukipun dhalang. Dados pathêt punika têrangipun, grambyangan ringkêsan gêndhing ingkang badhe dipun ungêlakên.

[Iklan]

Upami ingkang badhe mungêl gêndhing laras pathêt nêm, lagunipun suluk ugi pathêt nêm. Tumrap gôngsa salendro pathêtipun wontên tiga.

1. pathêt nêm, | 2. pathêt sanga, | 3. pathêt manyura.

Yèn wontên ing gôngsa pelog, pathêtipun ugi tiga.

1. pathêt gangsal, | 2. pathêt nêm, | 3 pathêt barang. Badhe kasambêtan.

R. Ng. Pringgaardana.

Bab Buku.

Redhaksi Kajawèn sampun nampèni:

1. Sêrat Yitna Pandayamurti, ikêtanipun Rêsi Widaya, kawêdalakên dening Bale Sancaya Wiwaradarma ing Jagalan, Surakarta. Aksara Jawi gancaran, isi 21 kaca, ukuranipun cêkapan, rêgi f 0.40. Mratelakakên ing bab kawruh prabot kaalusan.

2. 3. Sêrat Jôngka Jayabaya, Sèh BalirBakir. jilid I II saking Radèn Wakija, toko buku Sadubudi, Purwadipuran 54 Surakarta, aksara Jawi, mawi sêkar, isi molulas kaca, ukuran cêkapan, rêgi f 0.30 sabuku. Mratelakakên têturutaning babad tuwin jangkanipun tanah Jawi.

Redhaksi Kajawèn ngaturakên panuwun.

Ingkang sade buku punika kados ingkang kapratelakakên.

--- 964 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan Sajawining Praja.

Inggris gêgayutanipun kalihan Cekoslowakeyê.

Bab supêkêtanipun Inggris kalihan Prancis, katingal saya cêtha sêsulakipun, malah tumrap gêgayutanipun kalihan nagari sanès sampun katingal ngegla, inggih punika bab anggèning nêdya ngalang-alangi lêbêting wadya Jêrman dhatêng Cekoslowakeyê. Dene tindakipun wau kadosdene gèdhèg anthuk kalihan Prancis. Ingkang dipun dhadhagi dening Inggris.

Tindakipun Inggris anggèning ngêmori damêl babagan Cekoslowakeyê punika, ing pangangkah sagêda tumuntên nyirêp dhatêng pasulayaning rêmbagipun Cekoslowakeyê kalihan Jêrman Sudhètên. Nanging tindakipun Inggris ingkang makatên punika, tumraping sanès anganggêp botên prayogi, awit dipun manah satunggiling tindak salah damêl. Malah tumrap Cekoslowakeyê kêwêdal anggèning botên cocog dhatêng tindakipun Inggris wau. Nanging mênggah sajatosipun, tindakipun Inggris ingkang makatên wau botên namung anggêanggêr. tumindak kemawon, nyatanipun ugi sampun mêngku kawigatosan saking jawilanipun Jêrman. Dados punapa tindakipun Inggris punika botên kenging tinampi lômba.

Miturut katrangan piwêlingipun Sang Hitler dhatêng Inggris, Sang Hitler botên nêdya pêrang ingkang gêgayutan kalihan prakawis Cekoslowakeyê, awit tumrap Jêrman piyambak taksih kathah kawigatosan ingkang kêdah katindakakên. Nanging samantên wau gumantung dhatêng kêkêncênganipun bôngsa Jêrman Sudhètên, narimah tuwin botênipun. Ingkang makatên wau, Inggris kêpêksa sônggarunggi, mila lajêng enggal-enggal nyantosakakên pajagèn.

Ingar-ingêring pulitik praja pancèn sakalangkung gawat, sabên pandomipun mingsêr sakêdhik kemawon inggih lajêng ngewahakên kawontênan. Mila Cekoslowakeyê inggih lajêng ngingêrakên wawasan, araos nayogyani dhatêng tindakipun Inggris punika, awit saupami wontên sabab punapa-punapa, malah kenging kangge saksi, tur inggih sagêd angayomi yêktos. Kajawi punika tindakipun Inggris wau ugi sagêd damêl lêmêsing golongan Cekoslowakeyê ingkang brangasan, botên tansah ngalang-alangi dhatêng babagan pangudi katêntrêman praja. Awit golongan punika ugi gadhah daya kiyat.

Jêrman sarêng sumêrêp dhatêng tindakipun Cekoslowakeyê ingkang kados makatên punika, inggih lajêng mangrêtos, bilih anggèning Cekoslowakeyê gadhah panganggêp anggêbêng dhatêng golongan Jêrman Sudhètên punika botên nyata. Saha ing ngriku lajêng katingal bilih tindakipun Inggris punika kadosdene dados juru pamisah, ingkang ugi atêgês dipun bêtahakên dening Cekoslowakeyê.

Tumrap golongan Sudhètên, pamanggihipun beda [be...]

--- 965 ---

[...da] malih. Cariyosipun, bôngsa Jêrman golongan Sudhètên, botên purun uwal saking Cekoslowakeyê, nanging dados laladan Jêrman. Kajawi punika golongan wau ugi nampi bingah dhatêng tindakipun Inggris ingkang makatên wau, botên angagro-agro anggèning Inggris pados margi, nanging samôngsa cabar ing damêl, Jêrman tamtu badhe gadhah tindak sanès. Namung nyatanipun Inggris wau taksih kalèk, inggih dèrèng maton yêktos.

Tiongkok.

Pangangsêging wadya Jêpan ing Asiah wetan sampun dumugi ing Kiyukiyang. Miturut wartos, sadumuginipun ngriku wadya wau badhe lajêng ngangsêg dhatêng Hanko ingkang saperangan malih badhe kaangsêgakên mangidul, inggih punika dhatêng Nancang, sadumuginipun ngriku badhe wangsul mangalèr nêmpuh wadya Tiongkok sisihipun. Campuhipun wau badhe pinanggih wontên sakilèn talaga Poyang. Sawarnining kantor inggih gadhahanipun golongan partikêlir utawi gadhahanipun parentah sami badhe dipun pindhah dhatêng Cungkiang.

Ing ngriku wontên wartos, bilih juru pêrang, pangajêng bôngsa Jêrman, ingkang samapunsampun. sami kaundang wangsul dening Sang Hitler sampun dipun sundhul ing bôngsa Rus. Ing ngriku katingal sami mêmpêng tandangipun, adamêl kandhêging tandangipun golongan Jêpan.

Tindakipun bôngsa Rus wau kadosdene malês. Kintên sampun wontên sataun, marsêkalêk Toechatsjefski tuwin golonganipun, dipun sanjatani dening Jêpan. Lêt kawan wêlas dintên malih wontên kapal Rus ing lèpèn Amur dipun drèl ngantos kêlêm, ing kala punika têtiyang Rus kèndêl kemawon. Malah ing ngriku golongan Jêpan angsal margi sagêd malêbêt dhatêng Tiongkok sisih lèr. Ing sapunika golongan Rus gêntos anggêdhag golongan Jêpan, nanging Jêpan katingal tanggon. Ing salajêngipun tansah wontên pasulayanipun golongan kêkalih wau ing tapêl watês.

[Grafik]

Sang Nata Inggris nalika dumugi ing Paris, dipun papag dening Presidhèn Lebrun.

Pawartos saking Redhaksi.

K. 2138 ing DJ. Kê, Pa, 30 Bêsar Ehe 1844 dhawah wuku Warigalit.

K. 3577. A, Pn, 23 Sapar Be 1840 lêrês sadaya, môngsa kasanga, wuku Kurantil, 6 Marêt 1910.

K. 4283 ing M, 11 Rêjêb Dal 1847 dhawah Kê, Pn, 3 Mèi 1917.

--- 966 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Angsal-angsal saking kêkesahan.

III

Garèng : Nèk nitik dongenganamu, Truk, ingkang bupati ing Sêmarang nganti krêsa andangu nyang wong sing ora ambêjaji kaya kowe kuwi, iki mula nyata amratelakake, yèn panjênêngan dalêm ingkang bupati mau sumrambah panggalihane.

Petruk : Luwih-luwih sing andadèkake gumune atiku, hla wong wis pirang-pirang windu ora kêtêmu, panjênêngan dalêm kathik isih èngêt nyang aku, iki apa ora sawijining bukti wataking bôngsa luhur sing wajib kasalira. Awit sêsrawungane bôngsa luhur kuwi lumrahe sathekruk bangêt, yèn nganti ora emutan, mêngko rak kalakon talusar-talusur têmênan. Kaya ta: ana asistèn residhèn anyar wis sowan, barêng lêt watara dina sowan manèh, diajak ajar kênal manèh. Malah salah siji abdine ngadhêp, dupèh macak andhithing rada manglingi, nganggo pupuran lamat-lamat barang, banjur didangu: apa padha kaslamêtan. Awit diwêstani garwaning priyayine.

Garèng : Wayah, apa ingkang bupati mau wis pikun bangêt, kathik karo abdi dalêm dhewe, dupèh macak nganti bokmanawa katone rada lêntrêng-lêntrêng, banjur pangling. Nèk mungguh panêmuku, panjênêngan dalêm ingkang bupati ora pangling karo kowe, sanadyan wis lawas ora pinanggih, kuwi cara Mlayune sabab kowe wong luwar biasah, nanging iya luar biasah... ora wangune kuwi. Ora, Truk, ingatase kowe ana ing pasar malêm ing Sêmarang, mêsthine ing kono tongtonane rupa-rupa, hla kok mêrlokake nonton kêthoprak Darmamudha. Ing kala samana kowe apa iya kalêgan atimu.

Petruk : Kalane aku nonton ana ing Sêmarang mau, kabênêran anjukuk lakon Kyagêng Mangir. Mungguh Kyagêng Mangir kuwi sawijining ulama kang mungkul, sanadyan wonge sabênêre isih mudha. Mulane kaanane Kyagêng Mangir mau iya kêna diwujudake ing uwong kang isih mudha tur bagus, nanging solah-tingkahe iya digawe kaya wong ngulama, sing uripe mung tumuju nyang Pangerane bae, dadi iya sing: antêng, jatmika lan mungkul kae. Mêngkono uga panganggone iya sarwa prasaja. Seje karo Kyagêng Mangir sing diwujudake kala samono. Panganggone cara Batawine: pêrlente bangêt, nèk cara Jawane: bêsas,bêsus. Kang Garèng. Dadi wujude mau ora kaya bangsane wong khawasul khawas, nanging kaya wong sing ora kêna wêruh: pi-lus. Dhêmên jêjogedan, dadi kaya bangsane: majênun, nèk dhikir ora: lailaha illêllah, nanging: lae laelo, anak jaran jare bêlo, bojo siji tambah loro...

Garèng : Wayah, wayah, ambok aja dibajur-banjurake mêngkono, ambok kôndha sing cêkak bae: sing dadi Kyagêng Mangir ora mathuk. Kêpriye maine liya-liyane, apa iya isih [i...]

--- 967 ---

[...sih] nyênêngake kaya sing uwis.

Petruk : Sing dadi nata ing Mataram, iya isih ajêg bêcik. Sastra Sandirana utawa: Slèngêr, iya isih gawe panujune para mriksani, mêngkono uga liya-liyane, iya ora nguciwani, sanadyan aku rada gêla, sing... kêmrêmês omongane, ora mêtu-mêtu. Mulane lagi têngah-têngahing main aku ujug-ujug nari Makne Kamprèt: Bune, ayo mukah bae.

Garèng : Kathik kaya wong pasa nganggo mukah, sêtun-sêtun rak iya mêdhot kuwi têmbunge, Truk. Ora, kajaba nonton pasar malêm, salawase ana ing Sêmarang kuwi, kowe apa ora kliling-kliling andêlêng kaanane kutha, Truk.

Petruk : We, hla, dhinês, Kang Garèng. Nanging ing kala samono aku kudu ngèlingi: sangu cumpèn. Mulane iya banjur ngêntèn-êntèni nèk-nèke ana rêjêki kêsasar, ya kuwi bisa palêsir-palêsir tanpa cucul rini. E, dilalah krêsaning Sang Hyang Widhi, dumadakan panjênêngane bêndara up jêksa sakalihan rawuh sarana motore sing isih grès, prêlu mêthuk aku kêtêlu diajak cara Mlayune: putêr kayun, Kang Garèng. Wis mêsthi bae yèn aku kêtêlu banjur sêmranthal bae. Ana ing motor aku mapan linggih jajar bêndara up jaksa, sabab panjênêngane nyupiri dhewe. Dene ingkang garwa, Makne Kamprèt, apadene Bu Mar ana ing jêro. Sajêrone mubêng-mubêng motoran mau, gagasanaku, wah, warna-warna têmênan, Kang Garèng, kang anjalari aku sok nyuwun pitakon karo bêndara up jaksa mangkene: Ora, mas, têpangan panjênêngan ana ing kene apa wis akèh. Dhawuhe bêndara up jaksa: Iya durung, wong aku durung pati lawas ana ing kene. Wangsulan kang kaya mangkono mau andadèkake ayêming atiku, sarta karo mèsêm aku banjur matur manèh mangkene: Yèn mangkono upas-upas padha saluwir, akèh wong padha bukak topi, lan urmat, kuwi durung kinaruhan, ta, yèn sing diwènèhi urmat mau mêsthi panjênêngan.

[Grafik]

Garèng : Sabab bêndara up jaksa ngandikakake: Durung akèh têpungane, akèh wong padha urmat mau, sing akèh-akèh têmtune padha awèh urmat nyang kowe, mêngkono apa gagasanmu. Bokmanawa gagasanmu malah: kowe sing duwe motor, bêndara up jaksa: sopirmu. Hla kuwi nèk manungsaning ngabathara, kok lumrah yèn [yè...]

--- 968 ---

[...n] sok duwe gagasan: luwih brêgas, luwih gagah, luwih mêthongkrong katimbang sapadhaning umat. Hla wong gênah nunut motor, rumasane luwih gagah lan luwih brêgas katimbang wong sing dinunuti motore mau, sabanjure gagasane: wong-wong sing padha wêruh mêsthi duwe panêmu: aku sing duwe motor, sing jèjèr aku iki sopirku. Malah nèk adate Petruk, bokmanawa nèk kabênêr ana wong akèh, mêntala prentah bêndara up jaksa: kanan, pir.

Petruk : Wayah, rumasamu kuwi aku iki apa wong amênthelang bangêt, apa kêpriye. Sajêrone aku motor-motoran mau, elingku mung sapisan aku duwe atur nyang bêndara up jaksa, yaiku kalane wong-wong ing hotèl padha nonton arêpe kene budhal. Dene aturku mung mangkene: Sèh, bènsin sudhah cukup.

Garèng : We, hla sêmbrana, sing kaya ngono kuwi rak pandangune ndara bèi nyang supire. Wis, wis, saiki caritakna nyang aku, sing kok dêlêng dhisik dhewe apa, lan mungguh panêmumu kapriye.

Petruk : Sing dijujug ing motor mau ing Makamdawa, yaiku sawijining papan kang dhuwur bangêt dununge, saka ing kono prasaksat bisa andêlêng kaanane ing kutha Sêmarang kabèh. Wah, asri bangêt, Kang Garèng. Ing sakubênge Makamdawa kono, wis akèh omah-omahe, apik-apik, cèkli-cèkli, nècis-nècis, kathik kawuwuhan cara Banyumase: sêmangêr. Mêngkono dalan-dalane sing anjog mrono, sanadyan saka Sêmarange munggahe ngathir bangêt, digawe luwih saka bêcik, iya mêling iya alus. Jalaran saka iku pikiranaku banjur anglangut bangêt, luwih manèh barêng nyumurupi, ing dhuwur: omahe para sugih-sugih, ing ngisor: ana ing jurang-jurang, kayadene dikon nadhahi sing... rupa-rupa, omah-omahe bôngsa inyong, wah, pikiranaku iya andadak pating klênyit kae.

Garèng : Bab sing kaya ngono kuwi ora prêlu kok gagas dawa-dawa, Truk, awit pancèn wis jamak lumrah ing donya kuwi, ana sing sugih ana sing mlarad, ana sing mêthongkrong, ana sing mêgab-mêgab. Mulane timbangane kowe dadi komunis sabab anggagas sing pating klênyit kuwi, luwih bêcik bab iki: sêtop samene bae, saiki caritakna, saka kono nyang ngêndi parane.

Petruk : Saka kono têrus nyang dalême bêndara up jaksa dhahar bêsar-bêsaran, Kang Garèng, malah bêndara wêdana sakalihan iya rawuh, wah, sênang-sênang dhi dhalêm hati cêkake, sakuwise rampung anggone dhahar: sosopan, blêstik-blêstikan, lan sapadhane, sarta sauwise omong-omong lan guyon-guyon nganti warêg, aku kêtêlu, cara priyayine sarana nitih motore bêndara wêdana, banjur kondur nyang hotèl, midhune saka motor, ing kala samono ngarêp hotèl rada akèh uwong, mulane lakuku iya takgawe-gawe ambanthuk-banthuk, cikbèn diarani: ndara priyayi. Sorene aku kêtêlu bablas nyang Kudus. Liya dina tak dongèngi lêlakoku ana ing Kudus.

--- 969 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI.

Kapal ingkang bidhal dhatêng Afrika Kidul. Kapal Boissevain sampun bidhal saking Tanjungpriok dhatêng Afrika Kidul. Ing klas satunggal kêbak, tumrap klas sanèsipun kêbak dipun tumpaki ing bangsa Tionghwa. Bangsa Tionghwa wau sami badhe among-dagang utawi dados bêbau nyambutdamêl.

Pajagèn bêbaya saking gêgana. Wiwit sapunika ingkang wajib sampun nindakakên padamêlan ing bab babagan pajagèn samangsa wontên bêbaya saking gêgana, ingkang tumrap pakaryan Praja, kados ta S.S. palabuhan, pakaryan toya kangge kêkiyatan lêstrik, gêdhong-gêdhong nagari tuwin P.T.T. Ing têmbe samangsa sampun katindakakên pacobènipun, lajêng badhe mêling pirantos nywara 100 iji ingkang badhe dipun dèkèk ing papan ingkang wigatos ugi ing taun punika. Ing wiwitaning wulan October badhe tumbas topèng gas 12.000 iji, kangge pakaryan babagan nanggulangi bêbaya gas.

Nyinau babagan sêsakit lepra. Ing tanah Jawi kêdhatêngan Dr. Kim Song Bakdi, satunggiling gedelegeerde Volkenbond, pêrlu badhe nyinau babagan sêsakit lepra. Lampahipun dipun kanthèni Dr. Sitanala, pangagênging babagan nanggulangi sêsakit lepra.

Paargyan ing Surakarta. Badhe wontêning paargyan mèngêti jumênêng dalêm nata 40 taun tumrap Surakarta sampun ngawontênakên rancanganipun, wontêning paargyan wiwit tanggal 5 Sèptèmbêr dumugi tanggal 8 Sèptèmbêr. Sampun karancang punapa pasamuwanipun.

Kamirahan dalêm nata. Tuwan Uripna, satunggiling murid wêdalan A.M.S. afd. B. ingkang mêdalipun nomêr satunggal, ing bab babagan wiskunde angsal biji 10. Awit saking kaparêng dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Minulya saka Ingkang Wicaksana, kadhawuhan anglajêngakên sinau apothèkêr dhatêng nagari Walandi kanthi waragad saking praja Surakarta. Tuwan Uripna punika putranipun R.M.Ng. Wiryohartoko ing Klathèn.

Pêpadhang ing dintên paargyan. Benjing dhawahing dintên paargyan pèngêtan jumênêngan nata 40 taun wiwit tanggal 6 Sèptèmbêr salajêngipun, ingkang badhe angsal pêpadhang saking waragad nagari ngêmungakên gêdhong-gêdhong nagari. Arta ingkang kangge waragad punika sampun dipun sadhiyani, badhe katindakakên dening Departement Verkeer en Waterstaat.

Gagunan barang salaka ing Ngayogyakarta. Awit saking rêrigènipun Ir. Supardi ing Ngayogyakarta, pangagêng consultatie bureau, sagêd ngajêngakên para kêmasan ing Kuthagêdhe, sarana nelad sêsêkaran ing candhi-candhi, mawi kabakar cêmêng, ingkang limrahipun dipun rêmêni ing bangsa ngamanca. Salajêngipun dipun sinau damêl ukir-ukiran nelad rêca. Ing Kuthagêdhe punika papan pakaryan babagan makatên wau wontên 50 panggenan, pêpajênganipun ing dalêm sataun wontên f 400.000,-

Tampi dhawuh malêbêt cursus Ind. Hoofdacte. Awit saking kaparêngipun Departement Pangajaran, andhawuhakên dhatêng: 1. R. Sunaryo, guru Ambonsche School, 2. R. Sutontro Cokrosuharto, guru H.I.S. 3. R. Suparno, guru Bijz. H.I.S. supados sami nglajêngakên sinau cursus Ind. Hoofdacte.

Ngêmpalakên têmbang-têmbang ing Jawi Wetan. Tuwan Sastrosukoco, guru H.I.S. M.N. atas dhawuh saking Departement Pangajaran, salêbêtipun liburan kadhawuhan mubêng-mubêng dhatêng Jawi Wetan pêrlu nglêmpakakên têmbang-têmbang ingkang gêsang wontên ing laladan ngriku.

[Iklan]

Lare kêmbar sakawan ing Blitar. Tiyang nama Bok Karno ing Blitar ingkang gadhah anak kêmbar sakawan, anak-anakipun têrus dipun upakara wontên ing griya sakit dening dhoktêr, ngantos sapriki pinanggih sae. Dhirèkturing griya sakit gadhah rêmbag dhatêng burgemeester supados botên marêngakên tiyang anggambar lare-lare wau, amargi dipun samarakên manawi lajêng kathah tiyang ingkang sami ningali.

Pabrik-pabrik tênun ing Jawi Wetan majêng malih. Ing salêbêtipun 5 taun, pabrik-pabrik tênun ing Jawi Wetan sami kandhêg, dening kêndhoning padagangan. Ing sapunika pabrik-pabrik wau sampun sagêd tumindak malih, nanging rêgi dèrèng sagêd pulih kados sawaunipun. Miturut katrangan, anggèning pabrik-pabrik wau sagêd tumindak malih, jalaran saking kèndêling kintunan sarung saking Jêpan.

Prangko pèngêtan. Nyarêngi benjing paargyan jumênêngan nata sampun 40 taun Pakaryan Post badhe ngêdalakên prangko pèngêtan, tumindak wiwit tanggal 30 Augustus dumugi tanggal 15 October 1938, prangko wau rêgi 2, 10, 15 tuwin 20 sèn, têtêp botên dipun indhakakên. Prangko wau kenging dipun angge kintun sêrat dhatêng pundi kemawon ngantos dumugi tanggal 31 December 1939. Ing salêbêtipun prangko wau dipun sade, samangsa wontên tiyang tumbas prangko dipun sadèni prangko wau, kajawi manawi ingkang tumbas gadhah panêdha, nêdha prangko ingkang limrah.

Kathah tiyang ingkang purun dhatêng paboyongan. Ing bab tumindaking têtiyang ingkang badhe boyongan dhatêng Selebes ing sapunika katingal saya majêng, sampun wontên têtiyang ingkang sagah badhe boyongan, saking Cirêbon 102 kulawarga, saking Majalêngka 24 kulawarga tuwin saking Kuningan 77 kulawarga. Bidhalipun benjing tanggal 5 Augustus punika.

--- 970 ---

[Grafik]

Siti jugrug. Margi sêpur antawisipun Bandung-Bêtawi, tanah parêdèn laladan Priyangan, dèrèng dangu pinanggih jugrug, damêl kandhêging lampahipun sêpur ngantos 4 jam, kados kacêtha ing gambar nginggil punika.

Inggah-inggahan tuwin ingsêr-ingsêran. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi Wetan, R. Panji Achmad Amijoyo, tijd. wd. asistèn wêdana paresidhenan Surabaya, dados adjunct jaksa Landraad ing Bondowoso, paresidhenan Bêsuki. R. Susito, Aib. nindakakên padamêlan mantri pulisi paresidhenan Surabaya, dados asistèn wêdana paresidhenan Surabaya. M. Mintarum Sumodirêjo, tijd. wd. Adjunct-hoofd Jaksa Landraad ing Surabaya, dados adjunct jaksa Landraad ing Bangil, paresidhenan Malang.

Mulyakakên Tamansari. Ing bab wartos badhe mulyakakên Tamansari ing Ngayogyakarta, namung badhe dipun tambal-sulam kemawon, waragadipun dipun sadhiyani f 3000.-.

Lulus dados Apothekers-assistant. Lulus examen Apothekers-assistant, Nonah Asnah Harahab, Nonah J. Brilleman, Nonah C.J. de Geunick van Cappele, Nonah K. v.d. Dussen, Nonah E.N. Flohr, Gan Kian Som, Gan Teng Hok, H. Haacke, Nonah L. Han Biauw Nio, Indrakusuma Ratu Natusion, Yusuf Hasri, Ko Kwat Hian, Nonah W.H. Kramers, Nonah Lie, Lie Pok Gwan, Liem Ping An, Lim Toan Hwie, R.K. Martindas, Oei Khing Han, Nonah A. Ondang, Ong Tjok Bik, Sie King Hie, Nonah Siem Winny, Nonah Tan Lies, Tan Kiem San, Nonah Ch. Tan Tjien Nio, Torang Lubis, Zaenu'lbahar.

Sami kacêpêng jalaran milih kêpala dhusun. Dèrèng dangu pulisi ing Ngawi nyêpêng tiyang cacah 89, sami kadakwa tampi arta sogokan saking magang kêpala dhusun Watuwalang, supados sami milih piyambakipun samangsa wontên pilihan. Têtiyang ingkang sami dipun cêpêng wau sami botên angsal mampir mantuk. Sarêng sampun kapriksa, wontên tiyang 30 ingkang dipun mardikakakên.

Technische Hoogeschool sampun umur 18 taun. Ing tanggal 29 wulan punika Technische Hoogeschool ing Bandung sampun umur 18 taun. Ing dintên wau kawontênakên paargyan kanthi sêsorah ingkang nyariyosakên kamajênganing pamulangan luhur wau.

Kasangsaran auto. Sampun sawatawis dintên, Dr. Lodewijk Tamaela, Hoofd Ind. Arts ing Mojokêrto, kesahan numpak auto. Nalika lampahing auto dumugi sacêlakipun Kêmlagi manggih kasangsaran, nandhang tatu, lajêng kabêkta dhatêng C.B.Z. ing Surabaya. Mirid tatunipun katingal botên ambêbayani. Nanging sarêng wontên ing C.B.Z. dumugi ing jangji.

Jambêt bolmete. Gêgayutan kalihan majênging padagangan isi jambêt bolmete wêdalan saking tanah ngriki ingkang kakintunakên dhatêng Eropa tuwin Amerika, lajêng badhe dipun kathahi pananêmipun. Isi jambêt bolmete wau dipun angge lisah. Tumrap tanah Indhu, kala ingantawisipun taun 1935-1936 ngêdalakên asil isi jambêt bolmete wau 20.800 rupee.

NAGARI WALANDI.

Kapal kêruk Karimata. Miturut wartos saking Billiton Mij., kapal kêruk Karimata botên badhe wangsul dhatêng tanah Indiya ing taun punika, gêgayutan kalihan tumindaking damêl ngêruk kapal Lutine. Tumindakipun ing sapunika pinanggih titikipun angsal damêl, katandha sampun sagêd manggihakên barang-barang blebekan têmbagi praboting kapal Lutine tuwin sanès-sanèsipun.

Karimata angsal damêl. Kala tanggal 30 Juli wanci jam 2.30 dalu, pangêrukipun kapal Karimata angsal kêthokan mas. Kala angsal ingkang kapisanan punika lajêng dipun pasrahakên dhatêng wêwakil Billiton Mij. Mas ingkang pinanggih wau awarni mas kêthokan, panjangipun 20 cm. mawi ciri F.B.B. 57. Kala manggihakên mas wau ing palabuhan lajêng manjêr bandera tuwin kêmirêngan suwaraning pluit. Ingriku lajêng kathah tiyang ingkang dhatêng ing palabuhan. Wontên pangintên bilih mas ingkang pinanggih punika sanès panunggilanipun ingkang dipun padosi. Wawrating mas ingkang dipun panggih wau 3 1/2 kagungan, regi f 7000.-. Panunggilanipun mas punika sampun nate pinanggih kala ing 23 Sèptèmbêr 1858 ciri F.B.B. 56, tuwin kala 14 October 1801 ciri F.B.B. 58.

EROPA.

Nyingkirakên tiyang ingkang sanès bangsa Aria. Awit saking kêparêngipun parentah Oostenrijk, sawarnining rencang èstri ingkang sanès bangsa Aria, tuwin ingkang umuripun sangandhaping 35 taun, kasingkirakên. Ing bab wau katêtapakên kêdah wiwit tanggal 1 Juli.

ASIA.

Ura-uru ing Rangoon. Ing wêkdal punika ing Rangoon tuwuh ura-uru sakalangkung sêrêng, ing pintên-pintên kitha tuwuh tiyang pêjah-pinêjahan. Ingriku lajêng dados pajagèning wadya infanterie punapadene pulisi, lajêng sami rundha ing sauruting margi. Mênggah jalaraning pasulayan wau tuwuh saking golongan Islam ngêdalakên buku ingkang suraosipun angrèmèhakên dhatêng golongan Buda. Sasampunipun wontên pêpêjah sawatawis kathah, lajêng pinanggih têntrêm, nanging taksih dados pajagèn kêncêng.

Parentah Jêpan angèndêli golongan militèr. Kawartosakên, Parentah Jêpan angèndêli golongan militèr pangkat litnan jendral 37, kalêbêt Jendral Tomoo Kodama, upsir pangkat agêng 52 tuwin upsir limrah 15, sadaya sami pènsiun.

Badhe nêmpuh Peiping tuwin Tiensin. Wadya Tiongkok badhe nêmpuh Peiping tuwin Tiensin kanthi wadya ingkang sakalangkung kiyat. Kintên-kintên wontên wadya 100.000 adêdamêl auto mawi mriyêm tuwin wadya mriyêman nglêmpak wontên ing parêdèn sakilèn Peiping. Ing kala punika gapuraning kitha dipun tutup ing wanci sontên. Tram ing Tiensin botên kenging mlampah sasampunipun jam 10. ing salêbêting kitha ngriku kathah wadya Jêpan. Ing ara-ara Peiping sampun dipun sadhiyani mriyêm tuwin auto dêdamêl mriyêm. Para ingkang sami badhe campuh kantun ngêntosi kalamangsa.

--- 971 ---

Wêwaosan

Anakipun Tarsan.

Pêpiridan saking buku karanganipun Edgar Rice Burroughs.

4

Sang putri tuwin Harolmur lajêng enggal-enggal sami badhe dhatêng ing jandhela, nanging dèrèng ngantos dumugi, saking ing pang wau pun lare sampun mancolot wontên ing lambening jandhela, lan saking ngriku mancolot malih lumêbêt ing kamar.

Kalayan pancolotan ngubêngi ibu tuwin gurunipun, lare wau têtêmbangan makatên: Wong alas saka Borneo lagi bae têka ing kutha kene. Sasampunipun lajêng angrangkul ibunipun sarwi wicantên makatên:

O, ibu, sawijining kumidhi sirkus ana kêthèke sing gêdhene angluwih-luwihi sarta nganèh-anèhi bangêt. Kancaku sêkolah: Wili wingi sore wis nonton. Kêthèk mau jarene bisa nunggang sêpedhah, bisa mangan nganggo lading lan porok, malah bisa etung-etung têkan sêpuluh. Bu, aku ambok iya kaparêng nonton, ya bu.

Ibunipun ngêlus-êlus pipining putranipun, kalayan gèdhèg ngandika dhatêng putranipun makatên: Ora kêna, Jak. Kowe rak iya wêruh dhewe, yèn aku ora dhêmên mênyang sing kaya ngono kuwi.

Putranipun amangsuli: aku ora ngrêti apa sababe. Kabèh bocah liya-liyane padha kêna nonton. Nanging tumrape aku, arêp nonton nyang kêbon binatang bae têka mêksa ora kêparêng. Jalaran sing kaya ngono iku, mêngko rak banjur akèh wong sing anduwèni pangira, yèn aku iki bocah wadon. Dèrèng ngantos rampung anggènipun matur dhatêng ibunipun, dumadakan korining kamar lajêng dipun bikak, sarta lajêng wontên priya agêng inggil lumêbêt ing ngriku. Lare wau enggal-enggal amurugi, kanthi ngarih-arih awicantên makatên: O, pak, aku rak iya kaparêng, ya pak.

Priya ingkang mêntas lumêbêt apitakèn: Arêp apa, le.

Sang putri mandêng dhatêng priya wau kadosdene badhe angèngêtakên, saha ngandika makatên: Jak, kêpengin nonton kumidhi, jarene kono ana kêthèke ajaran sing nganèh-anèhi bangêt.

Priya ingkang mêntas lumêbêt ing kamar, ingkang salêrêsipun ramanipun lare wau, angandika makatên: Aku ora maido yèn dhèwèke kêpingin nonton. Wong aku dhewe mêksa iya kêpengin nonton. Kabare, panèncpancèn. iya nganèh-anèhi têmênan, malah jarene kêthèke kuwi mau gêdhene ngeram-eramake bangêt. Kêpriye mungguhing panêmumu yèn banjur padha bêbarêngan nonton kabèh. Ngandika makatên wau kalihan amriksani ingkang garwa, ingkang têrus katingal gèdhèg botên krêsa. Salajêngipun nuntên andangu dhatêng Harolmur punapa dèrèng wancinipun mulang putranipun malih, sarêng tiyang kêkalih wau sampun piyambakan wontên ing kamar ngriku, sang putri umatur dhatêng ingkang raka makatên:

Aku iki sanyatane tansah kuwatir, manawa ingkang putra banjur katularan mungguhing watêk panjênêngan, yaiku anggone dhêmên mênyang urip alasan. Kang mangkono iku tumrape ingkang putra Jak, wajib kudu dipêpali têmênan. Jalaran panjênêngan wis ngalami piyambak, têmtune rak iya uninga, kêpriye rasane bisa bali nyang urip alasan mau. Panjênêngan wis ngraosake piyambak, sapira rêkasane ngampêt hawa nêdya manggon manèh ana ing alas gung ing tanah Aprikah, mangkono uga panjênêngan tamtu luwih priksa katimbang liya-liyane, yèn ingkang putra nganti bisa kalakon banjur nyêgur marang alas gêdhe, kadadeane wis mêsthi bakal ambilaèni têmênan.

Ingkang raka amangsuli: Aku ora ngandêl yèn wataking bapa sing kaya mêngkono mau, bisa tumurun mênyang anake. Mungguh saka panêmuku, anggonmu tansah nyamarake anakmu tumrape ing têmbe buri, kuwi sanyatane rada kaladuk. Kaya ta: katrêsnane anakmu: Jak, mênyang sato kewan, luwih manèh kêpengine mêruhi kaanane kêthèk bangkokan ajaran, kaya-kaya tumrap bocah kang lagi samono umure, rak iya wis mêsthine, ta. Dhèwèke kêpengin wêruh wujude kêthèk bangkokan mau, rak durung karuwan, yèn dhèwèke ing têmbe buri banjur rabi karo kêthèk wadon. Sanadyana mêngkono uga, kaya-kaya kowe ora anduwèni wênang angarani, yèn tindake anakmu kuwi nistha.

Sasampunipun ngandika makatên, priya wau, ingkang botên sanès kajawi: Tarsan, ingkang kala punika ngagêm asma: Jonkleton (John Clayton) Lodgrêstuk (Lord Grijstoke), lajêng angrangkul ingkang garwa, sarta sarwi gumujêng ngandika dhatêng ingkang rayi makatên: kowe kuwi ora tau andongèngi anakmu, mungguhing lêlakonku dhèk biyèn, malah aku arêp carita dhewe nyang anakmu bae, kowe ora nglilani, kang mangkono iku mungguhing panêmuku kliru bangêt. Saupama aku kalakon bisa nyaritani lêlakone Tarsan sawatara bae, kiraku kêpengine anakmu mênyang urip alasan, bakal suda akèh. Awit ing kono

--- 972 ---

anakmu Jak banjur bisa anggambarake, yèn urip ana ing alas bêbarêngan karo sato galak kuwi, ora kapenak lan uga ora nyênêngake, yèn bisa ngrungu lêlakone Tarsan kang kanthi cêtha, mêsthine iya banjur rumasa wêgah utawa wêdi, kosokbaline, yèn kêkarêpane utawa kasênêngane mau tansah kokpalangi, aku kuwatir yèn suwe-suwe dhèwèke ambêdhal lunga saka karêpe dhewe bae.

Nanging Lèdhi Grèstuk (Lady Greystoke) inggih Jènê (Jane) ngêmungakên gèdhèg sêmu botên rila manawi putranipun ngantos nilar tiyang sêpuhipun, salajêngipun sang putri matur dhatêng ingkang raka kirang-langkung makatên:

Ewasamono aku iya mêksa ora rila, yèn ingkang putra: Jak, nganti bisa duwe pêpêthan kapriye kaanane urip ana ing ngalas bêbarêngan karo sato galak. Sing kaya ngene iki kudu dipalangi têmênan.

Rêmbag ing nginggil wau nuntên botên kalajêngakên malih ngantos dumukinipundumuginipun. ing wanci sontên. Ing kala punika Jak linggih ing kursi sêsarêngan kalihan ingkang rama tuwin ingkang ibu kalihan maos buku. Botên watawis dangu pun Jak lajêng tumênga saking anggènipun maos, sarta umatur dhatêng ingkang rama makatên: Genea aku têka ora kaparêng nonton kêthèk bangkokan kang ajaran.

Ingkang rama: Ibumu amênggalih yèn ora bêcik tumrape kowe.

Jak: Mungguh bapak panggalihe kapriye.

Ingkang rama: Kowe ora prêlu takon nyang bapak. Ibumu ora marêngake, kaya-kaya wis cukup.

Sasampunipun kèndêl sawatawis, pun Jak ujug-ujug kawêdal têmbungipun makatên, Aku iya mêksa arêp nonton. Bedane apa aku karo kancaku: Wili, utawa kônca-kancaku bocah lanang liyane, kang wis padha nonton mau. Tumrape bocah-bocah mau ora andadèkake sabab apa-apa, kaya-kaya tumrape aku iya ora andadèkake apa-apa. Pancène mono aku bisa bae nonton dhewe, tanpa pamitan bapak utawa ibu, nanging aku êmoh. Mulane sadurunge aku matur dhisik, yèn aku bakal lunga nonton.

Sanadyan Jak kawêdal têmbungipun ingkang makatên wau, nanging polatanipun botên ngatingalakên babar pisan manawi sumêdya sêmbrana utawi purun dhatêng tiyang sêpuhipun. Ngêmungakên nêdya anglairakên punapa ingkang dados sêdyanipun. Ingkang punika ing batos ingkang rama bingah dene ingkang putra tanpa tèdhèng aling-aling purun anglairakên punapa sêdyanipun wau. Salajêngipun ingkang rama ngandika makatên:

Aku bungah dene kowe kôndha blaka bae mêngkono. Nanging kowe saikine iya takbalakani, yèn kowe nganti lunga nonton tanpa palilahe wong tuwamu, kowe mêsthi bakal takajar. Salawase aku ora tau milara kowe, nanging saiki kowe takelikake, yèn kowe nganti lunga nonton tanpa palilahe ibumu, kowe mêsthi taklabrag.

Jak amangsuli: Iya, pak. Lan mêngko aku takmatur, yèn aku wis lunga nonton.

Mênggah kamar padununganipun Harolmur, inggih punika gurunipun Jak wau, punika jèjèr kalihan kamar patilêmanipun Jak. Sabên sontên, sadèrèngipun Harolmur mapan tilêm, limrahipun sok nuwèni rumiyin ing kamaripun Jak. Dene ing sontên kasêbut nginggil, piyambakipun angrumaosi anggadhahi kuwajiban anuwèni kamaripun Jak wau. Awit piyambakipun mêntas dipun ngandikani dening ingkang rama tuwin ingkang ibunipun Jak, supados piyambakipun ing sontên punika ambudidayaa ingkang kêncêng sampun ngantos Jak kesah ningali kumidhi sirkus ingkang wontên kêthèkipun bangkokan main wau. Sarêng kintên-kintên jam satêngah sadasa piyambakipun ambikak korining kamaripun Jak, guguping manahipun tanpa upami, awit ing kala punika piyambakipun andêngangi Jak sampun dandos, sarta nêdya kesah mêdal saking jandhela.

Harolmur enggal-enggal lumêbêt ing kamar nêdya angalang-alangi sampun ngantos Jak kesah mêdal saking ing jandhela wau, nanging pambudidayanipun ingkang makatên punika sayêktosipun tanpa damêl, awit, sarêng Jak sumêrêp gurunipun wontên ing salêbêting kamaripun, sarta mangrêtos bilih kadêngangan anggènipun badhe minggat, inggih lajêng rewa-rewa kadosdene nêdya nyandèkakên anggènipun badhe kesah wau.

Kanthi gugup lan mênggèh-mênggèh Harolmur pitakèn makatên: Kowe arêp mênyang ngêndi. Klayan sabar Jak amangsuli: Aku arêp nonton kêthèk bangkokan.

Harolmur kalair têmbungipun makatên: Aku gumun bangêt. Nanging dèrèng ngantos rampung anggènipun wicantên, piyambakipun saya gumun malih, awit ing kala punika kanthi rikat sangêt, Jak ujug-ujug nyandhak bangkekanipun Harolmur, anjunjung inggil, kadhawahakên mêngkurêp wontên ing patilêman, sarta rainipun kablêsêkakên wontên ing bantal.

Sasampunipun Jak ngumbar swara makatên: Mênêng, yèn nganti kowe nyuwara, mêsthi bakal taktêkêk têmênan.

Harolmur nêdya bôngga, nanging tanpa damêl. Awit karosanipun Jak, botên beda kalihan karosanipun Tarsan kala samantên umur-umuranipun. Ingkang punika katandangan dening Jak wau, Harolmur inggih lajêng botên sagêd ebah babarpisan. Kalayan anindhihi gêgêripun Harolmur, Jak anyuwèki lèmèking papan patilêmanipun, ingkang kagunakakên kangge ambônda tanganing gurunipun wau. Sasampunipun Harolmur lajêng kawalik, sarta cangkêmipun dipun sumpêli. Salêbêtipun anandangi gurunipun ingkang makatên wau, Jak awicantên lirih makatên: Badhe kasambêtan.

--- [973] ---

Ôngka 63, Stu Pn, 9 Jumadilakir Jimawal 1869, 6 Agustus 1938, Taun XIII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f. 1.50,- Bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt - Main Tènis - Sri Nata Inggris Sakalihan Têdhak Paris - Wiraosan Sêrat - Tuntunan Nyinau Nabuh Gôngsa - Pralampitaning Panitisastra Prakawis Suka Kasêktèn dhatêng Durjana - Angsal-angsal saking Kêkesahan - Kabar Warni-warni - Taman Bocah.

Pangungsêt

Kêltiwang-katliwênging lampah.

Miturut dhawuh pangandikaning tiyang sêpuh, tiyang tinitah gêsang punika sampun sarwa jangkêp. Nanging manawi dipun laras-laras, pangandika wau namung akajêng grêban kemawon, awit tumrap para anèm ingkang dipun pangandikani, namung lajêng sarwa angakêni nyatanipun. Nanging sarêng kêtotog ing prêlu, inggih punika sarêng rumaos bêtah dhatêng nyataning pêpak wau, lajêng sawêg gagap-gagap: êndi sing diarani pêpak. Tindak kados makatên wau dados sanepanipun tiyang puruhita (maguru) nalika pados sêsêrêpan babagan kabatosan, lajêng wangsul dados lare malih, badhe sinau hanacaraka, upaminipun.

Wantuning tiyang ngudi babagan makatên punika limrahipun sampun diwasa, mênggahing umur, tamtunipun rumaganging akal budi kados iya-iyaa kadugi anggayuh dhatêng luhuring ngèlmi kaalusan, awit mêsthèkakên manawi ngakal budi badhe andumugèkakên.

Tindak makatên punika pancèn botên kenging dipun paibên, awit sadaya sampun sarwa mapan, upami pangudi wau pathokan sêrat, sanadyan muluka kados punapa, inggih kenging dipun gagapi. Yèn tuwuh saking pangandikan, sanadyan sêsorah kados punapa, tamtu sagêd nusul. Punika gampilanipun.

Nanging manawi ngèngêti bilih badanipun manungsa punika asring namung pinanggih wontên ing panganggêp kemawon, lajêng ngrumaosi ing jangkêpipun. Upaminipun tiyang badhe nekadakên dhatêng gêgayuhan ingkang luhur, punika sampun tamtu pêpathokan saking kêncênging manah, awit raosing manah (rasa) sampun kêdugi lumampah dhatêng papan ingkang prênah sayêktos.

Manawi dipun grayangi, kados-kados tumindakipun sampun botên gothang, upamia lumampah, tiyangipun sampun tumindak, sangunipun wontên (rasa), mokal saupamia botên dumugi ing purug. Nanging botên sumêrêp dhatêng kêtliwêngipun, bilih sadaya wau taksih tindaking kamurkan, sadaya taksih wontên ing panganggêp, pasaksènipun punapa-punapa sampun dipun akêni, gêsangipun sampurna, raosipun muluk. Nanging punapaa têka dèrèng marêm.

Gampiling pamunggêl, kaalusan punika pancèn alus. Saya tumraping Gusti, tamtu têtêp anggèning botên kenging kinaya ngapa, botên dumugi dipun ukur kalayan ngakal budi. Benjing Sabtu dipun sambêti.

Cêkruktruna.

--- 974 ---

Main Tènis

Ing bab main tènis punika pinanggihipun wontên ing tanah ngriki nama sampun umum sangêt, kenging dipun wastani mèh ing sabên panggenan wontên. Dene tumraping golongan Jawi ingkang misuwur pamainipun, Tuwan Sambojaurip. Sawung Jawi wau misuwuripun botên ngêmungakên wontên ing tanah ngriki kemawon, ugi sampun dumugi ing tanah ngamônca.

[Grafik]

Saking kiwa: Tuwan Lim, Jukim, C. Bryan, Cam Cwan Cae, Sambojaurip tuwin Cobee.

Dèrèng dangu mêntas wontên lurugan main tènis saking tanah ngriki dhatêng Singgapura cacah gangsal. Sadumugining Singgapura ingkang main rumiyin piyambak Tuwan Sambojaurip, tandhing kalihan sawung Singgapura Tuwan Chin Kee Onn. Mainipun sakalangkung rame, wêkasanipun ingkang unggul Tuwan Samboja.

Lajêng tandhing malih Tuwan Tjan Thwan Tjay kalihan Tuwan Yadi, sawung Singgapura ingkang misuwur, ing ngriku Tuwan Tjan katingal kawon kulina wontên ing kalangan, wêkasan kasoran.

Salajêngipun malih tandhing kalih sami kalih sêsarêngan Tuwan C. Bryan mêngsah Tuwan Goon Kok Len, Tuwan Gobee mêngsah Tuwan Goon Kok Yeng. Mainipun gogot, nanging kawêkasanipun sawung tanah ngriki kasoran.

Pamainipun sadaya wau sami angsal pangalêmbana, awit tumraping para ahli main tènis sami botên kêkilapan dhatêng sae saha rêsiking pamainipun, punapadene dhatêng prigêling tandang.

--- 975 ---

Sri Nata Inggris Sakalihan Têdhak Paris

[Grafik]

Kados ingkang sampun kawartosakên ing Kajawèn, Sri Nata Inggris sakalihan têdhak ing Paris. Ingkang kacêtha ing gambar punika, gambar sisih têngên: Nalika Sri Nata Inggris sakalihan rawuh ing paris, nitih oto ginarubyug ing wadya kapalan tuwin pitmotor, sauruting margi kêbak tiyang ningali. Gambar ing nginggil: Sri Nata Inggris sakalihan dipun papag ing pangarsa gêmintê rad Paris. Gambar bundêr: Sri nata napak astani ing buku pradan, nalika mêntas nyêkar ing papan pèngêtanipun saradhadhu ingkang botên kasumêrêpan namanipun. Ing ngandhap: wujuding rêrênggan kitha kèbêkan dening soroting pêpadhang.

--- 976 ---

Bab Kasusastran

Wiraosan Sêrat.

Tanah Jawa rinumpaka

Alla Baud; Java en poemes I; Paris 1935.

Alla Baud, pujanggèstri bôngsa Prancis, sampun amiwiti angrumpaka tanah Jawi. Rumpakan punika sampun kawêdalakên dening Albert Messein ing Paris (Collection "La Proue"), ingkang sampun mêdal sawêg jilid I ngêwrat rumpakaning: griya gêdhèg, bumi langit, tuwin kitri. (Ma maison en bilic, La terre et le ciel, Les plantes).

Miturut calulukipun sang pujôngga piyambak, rumpakan punika badhe wontên candhakipun:

Jilid II ngêwrat rumpakaning kitha-kitha lan sato kewan (Les lieux, animaux).

Jilid III ngêwrat rumpakaning: rakyat lan para luhur, para nata, kagunan (Les Peuples et les Nobles, Les Princes, Les Arts).

Sintên tiyangipun ingkang botên kapengin badhe anyumêrêpi kawontênaning rumpakan punika, sintên tiyangipun ingkang botên kapengin anyumêrêpi: punapa sang pujanggèstri sagêd kapranan panyawangipun dhatêng nagari kita, kadospundi panganggêpipun dhatêng kita, inggih punika: dhatêng rakyating nagari ingkang rinumpaka punika: punapa trêsna, punapa ngajèni. Ingkang kacathêt sangêt ing panggalihipun sang pujanggèstri punapa, etc. etc.

Kuciwa sangêt dene kula dèrèng sagêd angsal ingkang jilid II lan III, kula sampun pados sambutan ing museum ing Batawi mêksa baul. Dados kapêksa kula namung ngaturakên punapa ingkang kasêbat ing jilid I kemawon.§ Ingkang jilid I punika ugi dipun pisungsungakên dhatêng panjênêngan dalêm K.G.P.A.A. Mangkunagara.

Katrêsnanipun sang pujanggèstri katitik saking pintên-pintên kidungan, upaminipun:

Pourtant | étranger | à ta joie, | a tes calamités, | je sais | t' aimer, | je sais | m' unir | à toi,

Punika jarwanipun ing basa Jawi kirang langkung makatên:

sanadyan adoh saka kabungahan lan kasangsaranmu, ewadene daktrêsnani kowe, suduk gunting tatu loro.

O terre de Java | je t'aime,

Tanah Jawa, daktrêsnani

que ce cri | strident | de l'ame | t'éveille

Muga-muga sêsambating jiwaku kang pêrih iki anggugaha kowe

O Java, sois propice | à tes petits, | guéris-les, guéris | du vice tout vert...

O tanah Jawa, aksamanta marang anak-anakmu, padha tambanana, tambanana cacade kang mudhadama

--- 977 ---

[Iklan]

Witing trêsna punika mêsthinipun saking sênêng, saking kaprananing panggalih, pramila pêthikan-pêthikan ing nginggil wau ugi dados pratandhaning kaprananing panggalihipun sang pujanggèstri, ingkang anganggêp tanah Jawi punika kados swarga, katitik saking anggène mastani rakyat ing tanah Jawi punika "enfants du paradis", putra kaswargan.

Jawah ing tanah Indhonesia punika dipun wastani "sêtya" lan "asipat murah" sabab anyuburakên gêsanging pantun. Makatên sapiturutipun.

Ing kasusastran kalimrah migunakakên pêpindhan minôngka srana cêthaning wicara utawi minôngka srana kasêngsêmipun ingkang maos. Ingkang makatên punika kenging kawastanan international: kasusastran kilenan tuwin kasusastran wetanan sami dene amigunakakên pêpindhan. Upaminipun ing kasusastran Jawi wontên ungêl-ungêlan: "suduk gunting tatu loro" utawi "jaja bang mawinga-winga, sinabêta mrang sagèdhèng bêl dadya dahana". Gumêbyaring rajakaputrèn dipun pindhakakên gumêbyaring lintang, lintang dipun wastani "puspita anjrah ing tawang" etc, etc. Punika sadaya pêpindhan, gêgambaran. Badhe kasambêtan.

Kandhiyur.

Pawartos saking Redhaksi.

K. 4515 ing G. Panumbasing buku kêdah kabayar rumiyin. 23 Marêt 1922 dhawah Rê, Pa, wuku Madhangkungan, môngsa kasanga, 23 Rêjêb Ehe 1852.

K. 5062 ing Gl. 20 Agustus 1910 dhawah Stu, Kli.

K. 1620 ing T.K. Stu, Wa, 7 Dhesèmbêr 1929 dhawah 5 Rêjêb, wuku Julungpujut, môngsa kanêm.

--- 978 ---

Kagunan Jawi

Tuntunan Nyinau Nabuh Gôngsa.

Ginêmanipun Dèn Apa kalihan Dèn Iya.

A: Kamas, panjênêngan punapa botên sagêd damêl tuntunan nyinau nabuh gôngsa sarana sêratan. Anggèn kula matur makatên wau sabab angèngêti karawitaning gêndhing punika kagunan ingkang botên gampil panyinaunipun, dados manawi botên wontên tuntunanipun, punapa botên badhe ngundurakên sêdyanipun para ingkang nyinau. Awit dèrèng mawi tuntunan ingkang anggampilakên panindaking panyinaunipun.

I: Karêpmu kaya mangkono iku prayoga bangêt, ananging yèn aku sing kok kon gawe, aku prêlu takon dhisik mênyang kowe, tuntunan mau bakal tumrap golongan apa.

A: Êlo mangke ta kamas, panjênêngan dadak andangu tumrap golongan punapa punika kadospundi, ragi ngodhêngakên panampi kula dhatêng pandangu panjênêngan wau, la tiyang tuntunaning kagunan kathik dadak mawi milih golongan, punapa botên sagêd katumrapakên dhatêng sintên kemawon ingkang sumêdya nyinau bab karawitaning gêndhing Jawi.

I: Yèn aku kok kon gawe tuntunan kang bakal katumrapake marang sadhengah uwong, têgêse sabên uwong kang bisa ngunèkake tulisaku mau bakal bisa nyinau dhewe, iku aku ora kêconggah anggawe.

A: Ingkang botên panjênêngan kêconggahi punapanipun ta kamas, tiyang namung nyêrati bab ingkang sampun panjênêngan sagêdi kemawon, rak inggih kantun urag-urêging potlot ingkang kangge ngêdalakên kasagêdanipun.

I: Anggonmu duwe pangira kaya mangkono iku ya bênêr, awit kowe durung mangrêti bedaning nyinau gêndhing lan nyinau nabuh gamêlan, yèn kowe wis mêruhi bedaning gêndhing lan ulah panabuhing gamêlan, ya mêsthi banjur bisa ngarani, yèn panabuhe gamêlan iku ora gampang diwujudake tulisan.

A: E, dados nyinau gêndhing punika botên sami kalihan nyinau nabuh gôngsa. Kula wastani rak sami kemawon, la bedanipun kadospundi kamas.

I: Wong nyinau gêndhing iku kang disinau lakuning lêlagon, anadene lakuning lêlagon kacêtha gampang ditulisi iku lakuning gerongan, mulane ajar gêndhing Jawa mau yèn gêndhing-gêndhing kang diajarake iku didakekedidadèkake. gerongan, panindaking pangajar: gampang bangêt, awit mung cukup cangkêm karo tulisan, apadene yèn kang ajar mau wis bisa marang aksara gêndhing, iku arêp ajar gêndhing apa bae bisa tanpa guru, janji wis ana tataning aksara kang kadhapuk gêndhing, yaiku kang disinau nganti bisa apal. Mangkono uga panyinauning nabuh gamêlan kang perangan ditabuh tangan siji, kaya ta panabuhing slênthêm, dêmung, saron, saron panêrus, kêthuk, kênong, gong, iku cukup ngapalake aksaraning gêndhing kang dadi ragangan [ragang...]

--- 979 ---

[...an] balunganing gêndhing, awit ragangan balunganing gêndhing mau gampang bangêt ditulisi. Barêng tabuhan kang katindakake ing tangan loro, kaya ta panabuhing gambang, gêndèr, kêndhang, rêbab, bonang, suling sapanunggalane iku panêmuku ora gampang ditulisi, mulane aku ora kêconggah anggawe tuntunan sarana tulisan tumrap sadhengah wong kang sumêdya nyinau dhewe, awit panabuhing gamêlan kang katindakake ing tangan loro iku, lagi arêp nêrangake patrap panyêkêling tabuh bae wis ngandhar-andhar akèh bangêt panulising katrangan, apadene banjur nêrangake pamolahing tangan sapiturute, saya ngomêtake kang bakal nyinau, luwih manèh yèn wis nyandhak bab arang kêrêping thuthukan, mincang gantunging suwara kang gandhèng karo pamêcahing thuthukan sajroning wirama, iku pangiraku saya anggoblêgake sirah, têmah tuntunan kang kaya ngono mau mung bakal dadi conthonging kacang arab bae. Badhe kasambêtan.

Kodrat, Batawi Sèntrêm.

[Iklan]

Pawartos saking Redhaksi.

K. 292 ing Dd. 18 Januari 1905 dhawah Rê, Kli, 12 Dulkangidah Jimakir 1834. 19 Mèi 1911 dhawah Ju, Wa, 20 Jumadilawal, wawu 1842. 27 Rabingulakir 1835 dhawah Kê, Wa, 1 Juni 1905, Alip. 20 Jumadilawal 1841 dhawah Ju, Pa, 19 Mèi 1911.

Tuwan S.N.S. ing Kêrtapati. Redhaksi Kajawèn sampun nampèni karangan panjênêngan, nuwun. Eman dene karangan wau botên sagêd kapacak. Pangajêng-ajêngipun redhaksi, mugi panjênêngan kaparênga ngarang ingkang gancaran kemawon, tuwin kaangkah karangan wau ingkang damêl sêngsêming para maos, upami kawontênanipun nagari padunungan panjênêngan, ingkang sanès pakabaran.

--- 980 ---

Wulang Sae

Pralampitaning Panitisastra Prakawis Suka Kasêktèn dhatêng Durjana.

(Tiyang lampah piawon).

Sambêtipun Kajawèn nomêr 61.

[Dhandhanggula]

awit saka kasêktèning wêsi / winisesa kawasaning brama / wêsi duk kobar urube / mrangangah amalatu / tanpa tilas saktining wêsi / tiwas dayane bebas / atos dadi êmpuk / pèndèng gèpèng ginêmblengan / kaku dadi lêmês mêmês lir têtali / tuladha kanggo têpa //

ingkang para murwa pangrèh nagri / mrih makolih mardi tyas raharja / durjana pamarjayane / supadya dumadya yu / dening ati sanadyan juti / ya uga jênêng janma / tyase dudu watu / dudu wêsi dudu padhas / padha bae lawan salumrahing janmi / tan beda padha uga //

nanging ana ugêring pambudi / mangrèh ati tan nganggo ingobar / kadi mau pakêrtine / ngêrèh wêsi ing sêmu / sumurupa pangrèhing janmi / mungguh para durjana / saking jêjêgipun / adêging panitiraja / pamanduming kukus ngadil têtêp wradin / winardi palamarta //

para durta durjananing nagri / parêng wigar dening sinêbaran / wiji ati raharjane / sarwi sabar ing tanduk / mung tumindak arèrèh ririh / murih olih pêpadhang / wruh panggawe dudu / lan kang iya padha têrang / nora nunjang pêpalang larangan ati / atuhu linakonan //

ya mêngkono laku pakon ati / nora kêna para paripêksa / saka kasantosan bae / hawa sawasa tanduk / amung dumèh wênang mêngkoni / bisa murba wisesa / paniksaning kukum / kumudu sadaya-daya / kaya wêsi bang ginêmblèng dèn paloni / sayêkti lêbda karya //

balik mangrèh atining sujanmi / tan mêngkono iku jênêng ina / wus ana êmpan papane / aja kongsi tumpangsuh / dèn samya wruh atining janmi / pangrèhe uga krana / ati raharja yu / kamartaning sabda tama / tumanduke sarana wasita jati / jati-jatining wulang //

wong kang mulang kudu angluwihi / marang apa barang dera mulang / lan ana tôndha yêktine / tinêtêpan rumuhun / anuhoni uga nglakoni / kêna kanggo tuladha / kang padha andulu / lide anggane wus bisa / nganggo dhewe nora owah nora gingsir / salwiring kang wêwulang //

yèku jênêng piwulang sajati / pantês nulya winulangna ing lyan / sayêkti buntas swarane / dumêling sing doh krungu / padha bisa anglèng mring kuping / kaping pirang petungan / yèn kêna pinetung / tinimbang bêndhe tinêmbang / nadyan gantêr tinêtêr anggêgêtêri / takêring adoh cêdhak //

iku maksih angluwihi têbih / yèn katimbang lan jatining wulang / bawana kèbêkan kabèh / swaraning warsita yu / ngayuh wiyat umahya ati / atuhu kautaman / mantêp têmên manut / pae lan lampitanira / lamun pêksi iku menco kang pinilih / micara tiru janma //

manjing môngka sêmuning sujanmi / tukang mulang mung nirokke layang / apa sabarang unine / pintêr ingêring tutur / nanging mungguh badan pribadi / nglakoni nora bisa / basane ing sêmu / tilasing tulis nèng lêmah / ing satêmah mutuwas ngrêgêdi driji / winaca nora cêtha //

--- [981] ---

mung sêdhèlêt ilang tan nglabêti / lire wulang kang tanpa tuladha / aluwung menco ocèhe / ugêre guru tiru / swarèng janma kang piniyarsi / suda wuwuh tan bisa / saka kang rinungu / balik wong adhakan watak / angundhaki suda wuwuh kurang luwih / blasar wèh marga sasar //

titi dera ngripta Dite Paing / nuju kaping lima wulan Bêsar / listya windu kang Di aèng / santêring truh kapitu / kikis warsa Ehe wus akir / purwakaning sangkala / nawung ukara rum / pralampita tinêngêran / nagara ngrèh brasthaning durjana dening / tata darmaning Wedha.

Pranata.

[Iklan]

LOTERIJ

[Grafik]

--- 982 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Angsal-angsal saking kêkesahan.

IV

Petruk : Ambanjurake caritaku lagi anu, Kang Garèng, budhalku kêtêlu saka Sêmarang mênyang Kudus, pancène mono bisa nunggang sêpur, wong siji waragade nèk nunggang klas II mung f 0.51 dadi wong têlu mung f 1.53, nanging repote, Kang Garèng, saka hotèl nyang sêtatsiun, kudu ambayar taksi, ambayar kuli sing ngangkat-angkati kopêr, durung saka sêtatsiun ing Kudus têkan ing dalême priyayi sing arêp takjujug, kajaba iku lakune sêpur Sêmarang-Kudus kuwi, sajake ngulêr kambang bangêt. Mulane saka Sêmarang mênyang Kudus mau, iya naksi, Kang Garèng.

Garèng : Hla kuwi nèk Petruk, dupèh anggone lêlungan: on gêprangkir, têgêse: tanpa cucul dhuwit saêndhil-êndhila, banjur main obral mêngkono.

Petruk : Yak, ambok aja sok mêlèhake sing iya-iya, apa cikbèn konangan wong akèh yèn aku lêlungan mrana-mrana mung urun awak thok, yak, mêngko rak kalakon aku diarani ora sugih. Wis, Kang Garèng, rungokna têruse dongenganaku kiyi, kira-kira jam 2 sore motor sing taktunggangi têkan ing Kudus, sarta aku kêtêlu banjur anjujug ing dalême Dhoktêr Radèn Sutiyana. Wah, panampane nyang aku kêtêlu, kakung putri, dalasan putra-putrane sing isih cindhil-cindhil, gapyak bangêt. Mêdhun saka motor gênjrit, aku têrus lumêbu ing dalêm bluêng, mapan linggih ing gadri: jrèt, andadak: sontit, sontit, lim-liman, Kang Garèng.

Garèng : Omongmu kuwi ora mèmpêr, Truk. Lumrahe madhayoh ana ing dalême priyayi Jawa kuwi, gênjrut, têka, iya banjur disuguhi salah siji, apa wedang kopi, wedang tèh, apa wedang srêbat. Ana kok banjur: sontit, sontit, lim-liman, kuwi rak carane wong awèh slamêt taunan, utawa kawinan nganggo minum-minum kae, banjur dibarungi: sontit, sontit (op uw gezondheid)

Petruk : Madhayoh disuguhi wedang tèh, lan sapadhane, kuwi rak yèn madhayoh lumrah kae, balik madhayohe aku kêtêlu kuwi mau, rak kêna diarani: luar biasah, sabab, mungguh panggalihane sing kagungan dalêm, lakune saka Sêmarang nyang Kudus, sadalan-dalan mêsthine tungkul langganan kêpanasan, mulane aku kêtêlu mêsthine iya luar biasah... ngêlake. Hla nèk disuguh [disu...]

--- 983 ---

[...guh] wedang kopi utawi wedang tèh, hla kaping pira bae anggone kudu tanduk. Jalaran saka iku banjur dipilihake suguhan unjuk-unjukan sing tumrape wong ngêlak: cêsplêng kae. Saora-orane wong iya dhoktêr, têmtune iya bisa ngadon-adoni unjukan sing nyang awak rasane mak pyar kae. Yaiku: limun, ès, dicampuri wiski sathithik. Wah, rasane barêng diombe, iya: lêgi, anyês, kathik ana sêgrak-sêgrake, wah, nyang pandêlêngan, le mak: byar.

Garèng : Cê-kup. Wong sêmbrana, mèh bae aku kêrugian. Saka anggonku ngêmatake caritamu, nganti kaya mèlu-mèlua ngombe, barêng lagi ngêlêg jêbul mut-mutanaku gula batu mèh bae mèlu kêlêg.

Petruk : We, hla cilaka, gula batune wis mèh ludhis babar pisan. Dadi sajêrone aku ngoprès sadawan-dawan, tangane Kang Garèng tungkul munggah mêdhun mau, dadi lagi nglangsirake gula batu saka wadhah nyang cangkême. Nanging iya ora dadi ngapa, isih sugih... tanggane. Cêkake, Kang Garèng, sanadyan lagi dhog bae, saka andêmênakake tangkêpe sing kagungan dalêm, kakung putri, nyang aku kêtêlu mau, kene iya banjur andadak krasan bae. Sabanjure nuli padha gêguyon sênêng bangêt kae. Nanging ora watara suwe sênêngku mau ujug-ujug banjur kaya: orong-orong kêpidak, mak klêsêt, mandhêg. Awit ing kala samono dumadakan sing kagungan dalêm ngêtokake tilgram kang banjur diwènèhake nyang aku. Mungguh tilgram mau saka kontrolir dhepartêmèn B.B. kang kala samono ana Ngayoja. Isining tilgram, aku dipundhut ing (ora diprentah) supaya sabisa-bisa tanggal 13, 14, lan 15 Juli ana ing Ngayoja, prêlu bangêt jarene. Saka mangkêling atiku, dene aku kapêksa mêdhot lakuku, nganti sadhiyan panganan salusin warna ana ing meja, lali ora ana sing tak... êngèh.

[Grafik]

Garèng : Wayah, sêtun-sêtun: ora ana sing diicipi, jêbul malah dilabasake kabèh. Sabanjure kêpriye, Truk. Nèk padatane kowe kuwi sok banjur duwe pikiran: ah, prêludi sêpêt, aku mêksa arêp ambanjurake lakuku.

Petruk : Ing sakawit aku pancèn iya duwe pikiran mangkono. Nanging barêng isining tilgram mau sarana pangaturan, têgêse tilgrame tuwan kontrolir mau, kana mundhut supaya aku sabisa-bisa [sa...]

--- 984 ---

[...bisa-bisa] têka ing Ngayoja, dadi ora prentah: aku kudu têka, mulane pungkasane aku mutusi: nêdya mituruti apa timbalane tuwan kontrolir mau. Nanging pikiranaku iya banjur wis gêla. Ing môngka aku wis jangji: tanggal 13 Juli aku sowan nyang kêpatihan Blora, kathik tanggal kuwi aku kudu ana ing Ngayoja. Mulane ing batin aku tansah mêmuji mangkene: O, bêndara bèi patih utawa ndara dèn ayu, aja andadèkake rênaning panggalihmu sakalihan, dene aku ora sida andon turu lan andon madhang kono.

Garèng : Hus, wong sêmbrana, kathik dipadhakake awake dhewe bae, nèk arêp kêtamuan, kon wurung, malah bungah, jarene: nyinggêt, ora kelangan sêga, wis, ora susah ngomong sing ora prêlu mangkono.

Petruk : Sêmune kêtara yèn aku iki gêla bangêt. Bokmanawa katitik saka anggonku têrus-têrusan anjublêg tanpa ngomong-omong, kajaba mung... anggayêmi bae. Awit ing kala samono pikiranaku pancèn pêtêng têmênan. Nanging barêng jam 8 pikiranaku banjur padhang manèh, awit dening ingkang kagungan dalêm sakalihan aku kêtêlu diajak nonton kêthoprak Kridhamudha, kang ing kala samono main ana ing Kudus.

Garèng : Lo, apa kêthoprak Kridhamudha, sing digambar lan dialêmbana ing kalawarti Wereldnieuws sarta sing dikêpalani dening Radèn Mas Bok kae. Wèh, kaya apa, Truk, mêsthine iya apik bangêt, wong iya nganti klêbu ing kalawarti Lônda.

Petruk : Wah, iya pancèn jan kêthoprak dêlês kae, Kang Garèng, têgêse: tongtonan Jawa sing satulèn-tulène. Mara, titikane tongtonan Jawa sing sêtulèn-tulène, kaya ta: wayang wong, kêthoprak, lan sapadhane, kuwi apa. Nèk mungguh panêmuku, para kang main, maine padha mêrdika, dadi para kang main wadon-wadon padha plorak-plorok andêlêng wong nonton, sing lanang-lanang tansah klirak-klirik nyang ngêndi-êndi, iya kêna-kêna bae. Mêngkono patrape para kang main ing Kridhamudha sing akèh, jênêngane bae wis cocog bangêt: Kridhamudha, yaiku: kridhaning para nonoman, mulane iya wis mathuk, nèk nonton ana ing kêthoprak Kridhamudha mau, diunèkake: nonton wong gêmagus lan wong kêmayu. Dene sing ngêpalani gêmagus-gêmagusan mau, ora liya iya Radèn Mas Bok. Kala samono tanganku pancèn tansah kêdutên kêpengin nyawat nganggo gandhèn, saupama wêktu kuwi, aja rikuh karo sing kagungan dalêm, sabab wis amborong karcise aku kabèh, aku wis suwe anggonku ngajak: ing, ing, mari pulang...

Garèng : Wah, anggonmu nacad kathik êntèk-êntung mêngkono, ta, Truk. Mulane bêcike ngrêmbug bab kêthoprak Kridhamudha iki disêtop samene bae.

--- 985 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI.

Utusan saking tanah ngriki dhatêng San Francisco. Tuwan Robert Deppe, architect ing Bêtawi, ingkang damêl rancangan Indische Paviljoen ing Tentoonstelling dunya ing San Francisco, benjing tanggal 31 wulan punika badhe bidhal saking Surabaya numpak kapal Hoegh Silverlight, gadhahanipun Silver Line, dhatêng Amerika, pêrlu badhe sadhiya pêrluning yêyasan wau. Tuwan Deppe wontênipun ing San Francisco ngantos dumugi sabibaring damêl, wontên wulan Februari 1939.

[Grafik]

Pêpêthaning gapura ing Glodhog, Bêtawi. Ing nagari pundi-pundi sampun sami upyak anggèning badhe ngawontênakên paargyan benjing dhawahing dintên pèngêtan jumênêngan nata 40 taun. Ingkang kacêtha ing gambar punika pêpêthaning gapura ing Glodhog, Bêtawi, benjing dhawahing dintên paargyan.

Ajrih nyambutdamêl wontên ing pabrik mêrcon. Ing taun punika pabrik mêrcon ing Rêmbang badhe bikak malih, bêtah ngangge bêbau tigang ewon. Nanging angsaling tiyang botên sapintêna, jalaran saking ajrih ing pabrik ngriku nate wontên kasangsaran.

Katêtêpakên manggèn ing kalangan pangadilan. Mr. Dr. Hazairin, asistèn ing pamulangan luhur pangadilan, kabantokakên dhatêng pangarsa Landraad ing Padang Sidempuan sapanunggilanipun sawatawis dangunipun, tumrap babagan griffier. Mr. R. Isa Sutadilaga, maandgelder Landraad ing Purwakarta, ugi katêtêpakên padamêlan makatên wontên ing Landraad Surakarta. Mr. M. Iskandar Suria Atmaja, maandgelder Landraad ing Bandung sapanunggilanipun, ugi katêtêpakên padamêlan makatên wontên ingriku. Mr. R. Sudiono, maandgelder Landraad ing Cirêbon sapanunggilanipun, ugi katêtêpakên padamêlan makatên ingriku.

Adêging N.I.S. 75 taun. Ing wulan Augustus punika N.I.S. badhe ngawontênakên paargyan namung alit-alitan, mèngêti adêging sêpur wontên ing tanah Jawi sampun 75 taun. Manggèn ing Sêmarang.

Bidhaling para utusan. Utusan-utusan saking Kasultanan Ngayogyakarta, saking Mangkunêgaran tuwin Pakualaman ingkang badhe anjênêngi paargyan pèngêtan jumênêngan nata 40 taun dhatêng nagari Walandi, sampun sami bidhal sêsarêngan nitih kapal Christiaan Huygens.

Bab pabrik bata. Miturut katrangan wêwakil parentah ing Raad Kawula, badhe adêging pabrik sêpatu Bata ing tanah ngriki, mawi katêtêpakên ing prajanjian, anjagi supados botên adamêl sabab dhatêng kawigatosaning panggaotan sêpatu ingkang sampun wontên, agêngipun jor-joran ingkang damêl karisakaning padagangan.

Ewah-ewahan tatanan guru. Miturut rantaman babagan pangajaran ing taun 1938-1939, badhe ngawontênakên ewah-ewahan: guru-guru wêdalan Normaalschool tuwin Kweekschool ingkang sapunika tumindak ing damêl wontên H.I.S., sami badhe kapindhah dhatêng pamulangan angka kalih. Dene guru-guru ingkang kapatah mulang ing H.I.S. badhe mêndhêt ingkang wêdalan H.I.K., pêrlu badhe kangge nginggahakên pangajaran. Miturut cathêtan guru wêdalan saking Normaalschool ingkang badhe kapindhah wontên 70, saking Kweekschool 34.

Panggaotan payung majêng. Panggaotan payung ing Juwiring, Klathèn, katingal saya majêng. Bab punika dipun rekadayakakên dening Komite Pangangguran ing Surakarta murih saya majêngaipun.majêngipun. Ing sapunika wontên wartos, bilih Departement van Economische Zaken ugi migatosakên bab punika.

Pikramèn agung. Miturut wartos, awit saking kaparêng dalêm sampeyan dalêm ingkang minulya saha ingkang wicaksana, putri dalêm G.B.R.A. Cokrodiningrat katarimakakên dhumatêng R.M.Ng. Sumasuganda, wêdana dhistrik ing Pojok, Sragèn. R.M.Ng. Sumasuganda punika ingkang rayi K.P.P. Singasari.

Badhe mulyakakên kuburipun R.H. Umar Said Cokroaminoto. Ing Ngayogya wontên comite ingangingkang. ada-ada badhe mulyakakên kuburipun Tuwan H.O. Cokroaminoto, ingkang ngajal ing salêbêtipun taun 1934. Tumrap ing kalangan P.S.I.I. tamtu migatosakên dhatêng bab punika.

Mulo Jawi Mardi Rahayu. Pamulangan Mulo Jawi Mardi Rahayu ing Surakarta wiwit taun pangajaran punika angsal pambiyantu arta, saha lajêng badhe damêl griya piyambak manggèn ing sacêlakipun tugu Nasional ing Panumping, kanthi rantaman f 4000.-. Yasan punika dipun apèn-apèni dening R.Ng. Condrodiprojo, panèwu opzichter Kartipraja.

Madosi tilas kadhaton Dêmak. Regentschapsraad Dêmak sampun sarêmbag kalihan pakaryan babagan barang kina badhe madosi patilasanipun kadhaton Dêmak, saha madosi barang-barang kina.

Pambikakipun Soos Jakarta. Kala Sabtu malêm Ngahad kêpêngkêr, ing gêdhong V.O.R.O. ing Kramat, Bêtawi, kêlampahan sampun ambikak Soos Jakarta, mawi paargyan. Pangarsaning Soos wau Mr. Subroto, panitranipun Tuwan Masihono. Bibaring pasamuwan ngantos lingsir dalu. Soos wau anampèni warga tanpa pilih bangsa, sintêna kemawon kenging malêbêt.

Kintunan arêng sela saya mindhak. Kala ing taun 1937 padagangan arêng sela ing tanah ngriki pinanggih sae. Ing taun punika makatên ugi. Miturut pèngêtan, ing salêbêtipun 6 wulan saking wiwitaning taun punika wêdaling padagangan arêng sela langkung kathah tinimbang pêpetangan makatên ing taun 1937. Tamtunipun dumugining wêkasan taun saya kathah.

Ingkang angsal loterij. Loterij nomêr 1 ingkang nêmbe kabikak punika dhawah Batavia-Centrum. Ingkang nomêr kalih dipun tumbas tiyang ing Bêtawi. Dene ingkang f 5000.- dhawah Bandung tuwin Surabaya.

Kapal-kapal tumpakan saking Australie. Benjing tanggal 22 Sèptèmbêr ngajêng punika wontên commissie golongan militèr, kapitein adjudant M.F. Stenger, pangarsa, 1e luitenant der cavalerie D.F.W. Boes Lutjeus tuwin paardenarts 2e klas W. Parce, sami badhe bidhal dhatêng Australie, numpak kapal Nieuw Holland. Mênggah pêrlunipun badhe tumbas kapal tumpakan kangge wadyabala cacah 204. Wangsulipun wontên salêbêting wulan November utawi December.

--- 986 ---

Bestuursacademie. Miturut pawartos praja, nêtêpakên para ingkang badhe curatoren tumrap Bestuursacademie, president curator Prof. Dr. R.A. Husein Jayadiningrat. Ingkang dados curator resident t/b H.A. van Loghem, Adviseur van Inl. Zaken Dr. G.F. Pijper, Bupati Bêtawi R.T.A. Hassan Sumadipraja, warga Raad Kawula. Dr. Mr. Todung Gelar Sutan Gunung Mulia.

Ajar-ajaran pêrang ing lautan. Sampun dados padatan, ing sabên taun sapisan ngawontênakên ajar-ajaran pêrang ing sagantên, ing taun punika badhe katindakakên wontên ing tanggal 6 Sèptèmbêr ngajêng punika, manggèn ing supitan Sunda, antawising Sumatra kalihan tanah Jawi. Ajar-ajaran punika ugi ngiras kangge maargya jumênêngan dalêm nata 40 taun. Sawarnining kapal golongan marine sami tumut sadaya. kapal-kapal wau sadèrèngipun dumugi Tanjungpriok, sampun gladhèn rumiyin wontên ing sagantên Jawi.

B.R.M. Mr. Hapsara. B.R.M. Mr. Hapsara, putranipun B.K.P.H. Hadiwijoyo, ing Surakarta, ingkang nêmbe wangsul saking nagarnagari. Walandi, awit saking kaparêng dalêm sampeyan dalêm ingkang minulya saha ingkang wicaksana, kadhawuhan nyambut damêl wontên kantor nagari golongan C apangkat panèwu kaparingan nama R.M.Ng. Mr. Jaksadipraja.

Radio ing gêgana. Kawartosakên, wiwit tanggal 1 Augustus punika ing salêbêting motor mabur K.N.I.L.M. kawontênakên pirantos telegram radio, tumrap para ingkang sami numpak sagêd kintun telegram saking ngriku dhatêng pundi kemawon utawi dhatêng motor mabur sanèsipun ingkang nuju anggêgana. Waragadipun satêmbung f 0.50, tuwin botên kenging langkung saking 18 têmbung.

Tiyang kentir ing sagantên. Sampun sawatawis dintên wontên têtiyang asli saking Ciasêm, bawah Purwakarta ambêkta dêling dipun gèthèk badhe dipun sade dhatêng Bêtawi mêdal sagantên. Sarêng wontên ing sagantên kabêkta ombak kombal-kambul dumugi têngah, wusana dumugi pasisir sakilèn Lampung. Salajêngipun têtiyang wau badhe kaantukakên dening pangrèh praja ing Menggala dhatêng nagarinipun. Têtiyang wau salêbêtipun wontên ing lautan sakalangkung sangsara, kêtêlasan têdha.

Panyobi pandamêling agêr-agêr dèrèng marêmakên. Sampun sawatawis dangu Ysfabriek Petojo ing Surabaya pados katrangan momoraning agêr-agêr ingkang mikantuki. Ngantos sapriki dèrèng manggihakên, dados dèrèng sagêd nêtêpi kados pangajêng-ajênging ngakathah. Makatên ugi tumrap pangudining para ahli ugi dèrèng manggihakên bab pandamêling agêr-agêr ingkang sae tuwin ingkang ngathahakên bêbathèn. Kajawi punika ugi sawêg migatosakên mêsin-mêsinipun ingkang kangge damêl.

Pakêmpalan tukang untu. Para tukang untu bangsa Tionghoa ing Ngayogya sampun kalampahan adamêl paguyuban saha ngawontênakên pêpanggihan. Pakêmpalan wau dipun namakakên "Chung Hau Ja Jeh Kung Hui". Nalika pambikaking paguyuban wau kathah ingkang sami dhatêng anjênêngi.

AMERIKA.

Lindhu ing Amerika. Kala tanggal 29 Juli wanci jam 3 dalu têtiyang ing New York ingkang nêngah-nêngahi tilêm sami kagèt saking wontên lindhu ingkang sakalangkung santêr. Pirantos mariksa kawontênan lindhu ing Fordham-Universiteit nyathêt bilih lindhu wau pinanggih santêr sangêt.

EROPA.

Saradhadhu abrit tumrap Spanyol. Wadya Polen ingkang manggèn ing tapêl watês nyêpêng tiyang 19 sami communist bangsa Polen, ingkang anjarag langkung ingriku badhe dhatêng Sovyet Ruslan. Têtiyang ingkang sami dipun cêpêng wau apratela bilih sami malêbêt dados wadya Spanyol abrit, saha badhe nglampahi ajar wontên Ruslan. Kajawi punika sami dipun sagahi samangsa bibar paprangan ing Spanyol badhe dipun sukani padamêlan wontên ing Sovyet Ruslan kanthi blanja murwat.

ASIA.

Motor mabur ingkang ical. Sampun sawatawis dintên kawartosakên wontên motor mabur saking Amerika ical. Miturut wartos saking Manila, motor mabur ingkang ical wau Clipper, ing tanggal 30 Juli katingal anggêgana mangilèn nglangkungi pulo Luhuy, kanthi angsal wartos saking motor mabur wau. Miturut wartos saking kapal Meigs, kaprênah ing lautan panggenaning icalipun motor mabur wau pinanggih wontên bènsin tuwin lisah kumambang ing lumahipun sagantên. Inggih ing papan ngriku punika ingkang kangge ancêr-ancêr madosi. Pangintên icaling motor mabur dèrèng gumathok. Nanging wontên ingkang ngintên, motor mabur wau sampun kalêlêp ing toya dalah tiyangipun 15, lêbêting toya ing lautan ngriku wontên 20.000 kaki.

Campuhipun wadya Sovyet kalihan wadya Jêpan. Miturut wartos ing tanggal 31 Juli, wadya Jêpan-Mansyukuo ngubêr wadya Sovyet Ruslan saking Changkufeng dhatêng Shaotsoaping. Ing kala punika wadya Sovyet nêmpuh wadya nganglang Jêpan-Mansyukuo kanthi migunakakên mriyêm. Ingriku wadya Jêpan-Mansyukuo nanggulangi, wadya Sovyet kêplajêng, ngantos mundur saking garising paprangan, Changhufeng tuwin Sahotsaoping karêbat ing wadya Jêpan-Mansyukuo. Unduripun wadya Sovyet angrêrisak padhusunan. Wadya Jêpan angsal jarahan awarni motor dêdamêl mriyêm 11, mriyêm parêdèn 2, tuwin sanès-sanèsipun. Tumrap kasoranipun Jêpan dèrèng wontên wartosipun.

Pasrah bongkokan. Ing bab ura-uru ingkang pinanggih ing Rangoon adamêl tiwasing tiyang 67, kêtaton 24, kapitunanipun wontên sayuta rupee. Sasampunipun pulisi nindakakên pajagèn kêncêng, para ambalela sagêd sirêp. Salajêngipun wontên wartos, bilih pangajêngipun golongan ambalela nama Shwe Hpi, tiyang Islam, inggih punika ingkang ngarang buku ingkang damêl gêndra, sampun pasrah bongkokan dhatêng pulisi.

[Grafik]

Rêkaosipun wontên paprangan. Wartos ing bab wontêning paprangan ing Tiongkok saya rame. Ingkang kacêtha ing gambar punika tumindaking wadya Jêpan nalika tumindak ing damêl wontên salêbêting paprangan, katingal sakalangkung rêkaos.

--- 987 ---

Wêwaosan

Anakipun Tarsan.

Pêpiridan saking buku karanganipun Edgar Rice Burroughs.

5

Wêruha, aku iki Waya, kêpalane bôngsa Wayi. Dene kowe iku Muhamad bin Dhobi, wong Arab kang nêdya amatèni bangsaku lan nyolong gadhing-gadhingku. Saiki kowe kêcandhak ing tanganku. Aja takon dosa, mêsthi bakal takkêmah-kêmah. Saikine kowe tak tinggal ana ing kene, nanging mêngko aku bali mrene manèh. Sasampunipun wicantên makatên, anakipun Tarsan wau, sarana mêdal ing jandhela, nilar kamaripun, nêdya nindakakên punapa ingkang dipun sêdya wau.

Wontên ing papan patilêmanipun Jak ngriku, Harolmur budi sarosanipun murih sagêdipun luwar saking bêbandanipun wau. Salêbêtipun punika piyambakipun angrumaosi, saupami botên enggal-enggal wontên tiyang ingkang suka pitulungan, botên sande piyambakipun têmtu kêplêpêgên dening sumpêl ing cangkêmipun punika. Jalaran saking rosaning budinipun wau, ing wusana saking papan patilêman piyambakipun lajêng dhawah ing siti. Saking sakit sarta kagètipun jalaran dhawah wau piyambakipun lajêng sawatawis sabar manahipun. Ing sakawit, saking gugup lan bingunging manahipun, Harolmur kadosdene ical manahipun, amila lajêng botên sagêd mikir punapa-punapa, nanging sarêng manahipun sampun sabar malih, inggih lajêng sagêd anggagas kadospundi anggènipun sagêd luwar saking kasangsaranipun wau. Ing wusana piyambakipun èngêt, bilih kamar ingkang kangge ngandikan Lodgrèstuk tuwin ingkang garwa kalihan piyambakipun, kalêrês wontên ing ngandhapipun kamar ingkang sawêg kangge galangsaran wontên ing siti punika. Piyambakipun mangrêtos, bilih piyambakipun nilar kamar wau sampun sawatawis dangu lan bokmanawi Lodgrèstuk tuwin ingkang garwa, ing kala punika ugi sampun jêngkar saking ngriku, awit mênggah rumaosipun, anggènipun wontên ing kamar ngriku wau sampun dangu sangêt. Nanging ing samangke kadospundi rekadayanipun murih sagêdipun angsal pitulungan wau, botên sanès kajawi saking ing ngandhap ngriku sagêda wontên tiyang ingkang andêngangi kawontênaning piyambakipun wontên ing kamar ingkang nginggil. Sasampunipun anandukakên pambudidaya warni-warni, ing wusana sarana sukunipun lajêng sagêd anggêdrug-gêdrug ing siti ngantos rambah-rambah. Danguning-dangu pambudidayanipun wau sagêd angsal damêl, awit botên watawis dangu lajêng kamirêngan suwaranipun tiyang lumampah amurugi mriku. Salajêngipun saking ing jawi korining kamar ngriku wontên ingkang nothok, jalaran cangkêmipun kasumpêlan, sampun tamtu bilih Harolmur botên sagêd amangsuli punapa-punapa, kajawi namung anggêdrug-gêdrugakên sukunipun wau. Kori kathothok malih, wangsulanipun Harolmur inggih namung angêdrug-gêdrugakên sukunipun malih. Dangu-dangu kamirêngan suwara ingkang apitakèn makatên: Tuwan Jak.

Sakala punika Harolmur inggih lajêng mangrêtos, bilih ingkang undang-undang punika salah satunggiling abdi ngriku. Nalika kori kathothok malih wau, Harolmur nyobi nêdya amangsuli. Nanging jalaran kêncênging sumpêlipun wau, kadosdene rahipun moncrot-moncrot ing mripat. Ing kala punika, tiyang ingkang wontên ing jawi wau, nothok kori malih, sarêng tansah botên angsal wangsulan kemawon wau, salajêngipun pêntholing kori kacêpêng nêdya dipun bikak piyambak korinipun. Ing wêkdal punika kagètipun Harolmur tanpa upami, awit kèmutan, bilih nalika piyambakipun lumêbêt ing kamar, kamar wau saking nglêbêt lajêng kakunci piyambak.

Harolmur mirêng, bilih tiyang ingkang wontên ing jawi, wongsal-wangsul nyobi ambikak korining kamar, nanging tanpa damêl. Saking bingungipun ing wusana Harolmur lajêng botên èngêt.

Ing wêkdal punika Jak sawêg sênêng-sênêng aningali punapa ingkang kapitongtonakên wontên ing kumidhi sirkus. Nalika Jak lumêbêt ing gêdhong kumidhi, sarta mapan linggih wontên ing klas losê, ing ngriku kalêrêsan kêthèk bangkokan ingkang nama: Ayak, sawêg wiwit main. Ningali solah tingkahipun Ayak ingkang mèh botên beda kalihan manusa limrah, gumunipun Jak tanpa upami. Botên watawis dangu juru mainakên kêthèk bangkokan sumêrêp dhatêng lare bagus ingkang linggih wontên losê wau. Ingkang dipun pitongtonakên dening Ayak ingkang sayêktos anarik manahipun tiyang kathah, punika kaêculakên ing losê. Ing ngriku limrahipun Ayak lajêng anitipriksa dhatêng para ingkang lênggah wontên ing ngriku. Miturut pratelaning juru mainakên wau, kêthèk bangkokan sawêg nitik sadhèrèkipun. Sarêng sumêrêp lare bagus ingkang linggih wontên ing losê wau, gagasanipun juru mainakên kêthèk, iba sênêng lan ramenipun tiyang ningali manawi Ayak kaêculakên minggah dhatêng losê punika. Awit tamtunipun lare bagus punika, manawi lajêng dipun purugi ing kêthèk bangkokan sarta dipun cêpêngi ing pundhakipun, botên kenging botên tamtu lajêng kamigilan.

Dening juru mainakên, kêthèk bangkokan lajêng dipun têdahi lare bagus ingkang lênggah wontên ing losê. Sanalika Ayak lajêng mêncolot [mênco...]

--- 988 ---

[...lot] minggah ing losê sarta nyandhak pundhakipun lare bagus, inggih pun Jak wau. Nanging ing kala punika juru mainakên kêthèk rumaos kêcêlik sangêt, awit pangintênipun ing ngajêng, lare wau tamtu badhe kamigilan ingkang anjalari tiyang ningali sami gumujêng rame, nanging ing wusananipun jêbul kosok wangsul. Sarêng kêthèk bangkokan wau murugi saha lajêng nyandhak pundhakipun kalih pisan, lare wau malah mèsêm sarta nyêpêngi tanganipun kêthèk bangkokan ingkang dhiwut-dhiwut punika. Pun kêthèk bangkokan nyawang rainipun Jak kanthi taliti sangêt, dene Jak ngêlus-êlus sirahing kêthèk sarta ambisiki warni-warni.

Salaminipun Ayak dèrèng nate aniti tiyang ngantos dangu kados ing kala punika. Ing sêmu kêthèk bangkokan wau kadosdene bingah sangêt, lan katingalipun kadosdene lajêng gêgujêngan kalihan lare wau. Dene juru mainakên ingkang rumaos salaminipun dèrèng nate ngalami, anggèning kêthèk bangkokan ngêlus-êlus lare wau kadosdene tiyang sêpuh ngêlus-êlus anakipun. Salajêngipun kalayan sasakecanipun, kêthèk bangkokan lajêng linggih anjajari Jak. Ing kala samantên têtiyang ingkang sami ningali sami kamitênggêngên, saya malih sarêng juru mainakên anyobi ngêdalakên Ayak saking losê ngriku. Nanging katingalipun kêthèk bangkokan botên nêdya kesah saking ngriku. Pangagêngipun sirkus ingkang botên rêna sangêt manahipun, awit mainipun kêthèk bangkokan wau sampun anglangkungi wêkdalipun, lajêng marentah dhatêng juru mainakên kêthèk, supados enggal-enggal ngêdalakên Ayak saking losê ngriku. Nanging sarêng juru mainakên kêthèk lumêbêt ing losê nêdya narik tanganipun Ayak, ujug-ujug Ayak anggêrêng saha ngatingalakên siyungipun.

Têtiyang ingkang ningali sami surak rame sangêt. Ing sêmu têtiyang ningali wau sami sênêng ningali sêsrawunganipun kêthèk bangkokan kalihan lare ingkang katingal lajêng sami mêmitran wau. Kosok wangsulipun tiyang ningali sêmu jèngkèl dhatêng pangagênging sirkus saha juru mainakên kêthèk, dene kalih-kalihipun sajak badhe mêksa dhatêng Ayak supados enggal kesah saking ngriku. Amila têtiyang ningali rame suwaranipun anggèning sami ngungêl-ungêlakên tuwin misuhi tiyang kalih wau.

Saking jèngkèlipun juru mainakên kêthèk wau ngantos lajêng botên èngêt punapa-punapa, saha nuntên enggal-enggal lumajêng dhatêng kamaripun prêlu mêndhêt cêmêthi, ingkang nêdya kangge ngajar kêthèk bangkokan wau. Sarana ambêkta cêmêthi salajêngipun juru mainakên kêthèk wangsul dhatêng losê malih. Nanging sarêng juru mainakên kêthèk ngagag-agagi Ayak mawi cêmêthi, ing ngriku botên ngêmungakên kêthèk bangkokan kemawon ingkang lajêng madhêp nêdya anglawan, nanging ugi Jak ingkang ing kala punika katingal sajak nêpsu sangêt, lajêng trangginas mênyat saking palinggihanipun nêdya anêmpuh dhatêng juru mainakên kêthèk sarana adêdamêl kursi ingkang dipun linggihi wau. Ing ngriku Jak botên mèsêm kados suwaunipun, nanging mripatipun mancêrêng amawas dhatêng juru mainakên kêthèk. Pancêrênging mripatipun Jak wau wontên titikanipun ingkang anjalari juru mainakên kêthèk dados kamigilan saha lajêng mundur. Dene kêthèk bangkokan sampun samêkta nêdya ngrangsang.

Kadospundi kadadosanipun ing wingking manawi sakala punika lajêng botên wontên pitulungan, tamtunipun botên wontên tiyang ingkang badhe sagêd anggagapi, nanging apês ambalêbês juru mainakên kêthèk wau, tamtu badhe babak bunyak dening panêmpuhipun kêthèk bangkokan tuwin Jak wau.

Kanthi pucêt sangêt abdi ingkang wongsal-wangsul thothol-thothok ing kamaripun Jak wau, lajêng lumajêng ngupadosi Lod tuwin Lèdhi Grèstuk, prêlu nêdya anglapurakên, kamaripun Jak dipun kancing, lan piyambakipun wongsal-wangsul nothok korining kamar, tanpa wontên wangsulanipun punapa-punapa, kajawi suwara gêdrug-gêdrug ingkang nganèh-anèhi tuwin suwara ingkang ngèmpêri kadosdene suwaraning badan koming.

Kanthi rêrikatan: Tarsan alias Jonkleton, lajêng lumajêng nuju dhatêng kamaripun Jak, kaêtut wingking dening Jènê alias Lèdhi Grèstuk tuwin abdi wau. Sapisan Lodgrèstuk animbali putranipun, nanging sarêng botên nampi wangsulan, sarana sariranipun korining kamaripun Jak wau lajêng dipun dhêsêk, ingkang ambikak ngêblak. Ing cakêtipun kori ngriku, katingal Harolmur gumlethak ing siti, botên èngêt ing purwa duksinanipun.

Sasampunipun sumpêl ingkang wontên ing cangkêm kacopot, bêbandanipun dipun uculi, sarta rainipun kasiram ing toya Harolmur wau lajêng èngêt malih. Sakala punika Jonkleton enggal andangu makatên: Wontên pundi anak kula Jak.

Kanthi alon-alon Harolmur ngadêg, saha lajêng nyawang ngiwa nêngên. Sarêng sampun èngêt malih kados ing suwaunipun, ujug-ujug lajêng kalair têtêmbungipun makatên: Sapunika ugi kula nyuwun kèndêl, tumrap putra panjênêngan, botên prêlu panjênêngan mundhut guru, langkung utami panjênêngan mundhut... juru panutut kewan.

Kanthi gugup Lèdhi Grèstuk andangu: Piyambakipun sapunika wontên pundi.

Harolmur: ningali mainipun kêthèk bangkokan.

Tarsan alias Lodgrèstuk, ragi kangelan anggènipun ngampêt èsêmipun. Sasampunipun anguningani bilih Harolmur botên tatu babarpisan, ngêmungakên kagèt kemawon, lajêng dhawuh supados nyadhiyakakên motoripun, nêdya tindak dhatêng kumidhi sirkus ingkang wontên kêthèkipun bangkokan main wau. Badhe kasambêtan.

--- [989] ---

Ôngka 64, Rê Pa, 13 Jumadilakir Jimawal 1869, 10 Agustus 1938, Taun XIII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f. 1.50,- Bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Lèpên Tamiyang ing Kuwalasimpang - Marsudi Gêndhing Jawi - Sanabudaya - Wiraosan Sêrat - Kawontênan Sajawining Praja - Angsal-angsal saking Kêkesahan - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.

--- 990 ---

Kagunan Jawi

Marsudi Gêndhing Jawi.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 62.

Ing sarèhipun badhe gantos gêndhing ingkang pathêt sanga, sadèrèngipun ngungêlakên gêndhing pathêt sanga. Kêdah damêl lagon suluk pathêt sanga. Dene lagunipun suluk kados ing ngandhap punika.

Suluk lagon pathêt sanga.

[Notasi]

Gd. Sri Karongron lr. sl. pt. sanga.

Pola ôngka 1.

Kadamêl irama sêsêg, nama Sri Karongron lômba.

[Notasi]

Pola ôngka 2.

Irama kadamêl sarèh.

[Notasi]

Manawi badhe dipun inggahakên (andhawah) sasampunipun N III lajêng nuthuk.

[Notasi]

Gd. Sri Karongron ingkang sampun minggah (andhawah).

[Notasi]

--- 991 ---

[Notasi]

Gd. Srikêrtarta: lr. sl. pt. sanga.

Irama kadamêl sêsêg, nama Srikêrtarta: lômba.

Pola ôngka 1.

[Notasi]

Badhe kasambêtan.

R.Ng. Pringgaardana.

Bab Buku.

Redhaksi Kajawèn sampun nampèni buku gêgaran emah-emah, karanganipun Joko Sukardi, guru Part. Elem. Lag. Ond. Instituut ing Surabaya. Nyariyosakên ing bab gêgaran caraning salakirabi. Isi 11 kaca, aksara latin, ukuran cêkapan. Rêgi f 0.15.

Kajawi punika nampèni gambaripun suwargi Dr. Radèn Sutama 2 iji, saking Poestaka Nasional ing Surabaya. Wêdaling gambar wau gayutan kalihan sawaphatipun Dr. Sutama, kathah tiyang ingkang madosi gambaripun. Ing sapunika kalampahan Poestaka Nasional sagêd ngêdalakên gambar wau, kaêcap wontên ing dalancang gilap ukuran 24.5 cm x 32 cm salêmbar rêgi f 0.15.

Redhaksi Kajawèn ngaturakên gênging panuwun.

Buku tuwin gambar punika Bale Pustaka botên sade.

[Iklan]

--- 992 ---

Lar-laran Musium Sanabudaya ing Ngayogyakarta.

[Grafik]

Ing nginggil punika rancangan museum Sanabudaya, mirid wujudipun manawi sampun dados anggènipun dipun êlar. Waragadipun angsal bagian saking arta pon 25 yuta saking nagari Walandi. Baboning museum punika dipun rancang dening Tuwan Ir. Thomas Karsten, nanging pangêlaripun kapasrahakên dhatêng Tuwan Ir. B. de Vistarini.

Wiraosan Sêrat

Sambêtipun Kajawèn nomêr 63.

Tanah Jawa rinumpaka. | Alla Baud; Java en poemes I; | Paris 1935.

Saea kados punapa pêpindhan makatên punika tumrap ingkang katêmbèn mirêng, pêpindhan-pêpindhan ingkang kapigunakakên ing kasusastran Jawi punika kadunungan cacad agêng: anggènipun sampun kasrambah kangge ing sabên sêrat, ngantos ingkang maos sampun apil, ngantos jêlèh, pramila lajêng botên dipun raosakên, kenging kawastanan: sampun dados lêlanyahan ingkang botên angsal aji. Beda kalihan pêpindhan ingkang "anyar katon", punika sanadyan botên èdi pèni mêksa kawigatosakên ing tiyang, upaminipun makatên: "aja anganyur kaya kamitêtêp", "têka kowe anjantrung kaya jaran diprau".

Murih sumêkaring kasusastran Jawi, kados prayogi sangêt amarsudi amigunakakên ingkang sarwa enggal: inggih pêpindhana, inggih wangsalana, inggih patraping wicara pisan bêtah sami dipun enggalakên. Nanging sadaya wau sampun ngantos atilar watak, wirama lan wilêting kabangsan Jawi.

Minôngka icip-icip ing ngandhap punika kula pêthikakên sawatawis pêpindhan-pêpindhan ingkang dipun pigunakakên sang pujanggèstri:

Siti lêmpung abrit punika panyawangipun sang pujôngga kadosdene balebekan soklat ingkang sakalangkung agêng (d'immenses plagues de chocolat).

Sitining tanah Jawi punika winastan: lumêr, angêt, angrêjêkèni kados ababing biyung ingkang

--- 993 ---

angliling anakipun (douce, chaude, nourriciere come le souffle de la mere penchee sur son petit).

Sarta loh jinawi kados locitaning para wicaksana (feconde comme les pensees des sages).

Rumpakaning sêkar anggrèk kados ing ngandhap punika:

Kang putih lir saljuning gunung Phuji (Phujiyama ing tanah Jêpan).

Kang lungid lir brôngta têmbean.

Kang mêrit lir madyane eyang-eyang (kaya bangkekane êmbah wadon, kang anawon kêmit).

Kang ngamandaka lir liringing kênya modern (pervers = awon, lekoh, lèmèr, ngamandaka).

Kang ambingungake lir gaibing apsari.

Kang anggêgônda lir remane sang asung brôngta.

Kang tanpa gagônda lir pawitraning tapini.

Kang sampurna (ideal) lir locitaning wong jatmika.

Kang kèmpi-kèmpi lir taun 1830.

Kang rosa lir kapengining wanita marang putra.

Kang ngêbrèh lir jaman kang têka.

Kang tan kinôntha-kôntha lir ala lan bêcik.

Kang tan kinira-kira lir pangaku.

Pêpindhan-pêpindhan ing nginggil punika ambokmanawi kita tiyang wetanan botên angajêngi, nanging têmtu kita wigatosakên saking dene katêmbèn mirêng. Badhe kasambêtan.

Kandhiyur.

Pawartos saking redhaksi.

Tuwan I. ing Bl. Kintunan gambar punika sampun kasèp, botên kapacak.

R.Ng. Dj. H. ing B. Karangan bab punika sampun rambah-rambah kapacak ing Kajawèn.

Tuwan Dj. ing P. Kintunan suluk pangantèn sampun katampèn. Eman botên sagêd kapacak, amargi kirang mathuk kangge waosan umum.

--- 994 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan Sajawining Praja.

Sang Mussolini pasulayan rêmbag kalihan Paus.

[Grafik]

Paus Pius XI.

[Grafik]

Benito Mussolini.

Ing ngajêng sampun nate kawartosakên, ing Itali wontên golonganing propesor ingkang ngrêmbag bab kabangsan, saha lajêng nêtêpakên bilih têtiyang Itali punika darah Aria, dene Yahudi bôngsa sanès. Ing ngriku lajêng kawontênakên pranatan, bôngsa Itali botên kenging jêjodhoan kalihan tiyang ingkang sanès bôngsa Eropah.

Tindak makatên punika adamêl botên sakecaning manahipun golongan Yahudi, lajêng kèngêtan dhatêng tindakipun Jêrman. Malah ing salajêngipun wontên wartos, ing sapunika parentah Jêrman ngawisi dhoktêr bôngsa Yahudi anjampèni tiyang, tumapakipun wiwit tanggal 1 Oktobêr ngajêng punika. Ingkang makatên punika adamêl kasusahanipun dhoktêr bôngsa Yahudi, rumaos manawi kapêpêt panggêsanganipun. Môngka tumraping Jêrman, sampun wontên dhawuh angawisi bôngsa Yahudi cêpêng damêl ing golongan punapa kemawon. Malah dumugining among dagang inggih kêdah namung gêgayutan kalihan bangsanipun piyambak, mila sabên tokonipun bôngsa Yahudi kêdah dipun wontêni tôndha ingkang cêtha.

Dèrèng dangu wontên dhawuh saking Goering, supados tiyang Yahudi suka katrangan cacahing bandhanipun, mênggah wigatosipun, bôndha wau badhe dipun siwêr ing parentah Jêrman. Wosipun sadaya wau namung damêl botên sakecaning manahipun bôngsa Yahudi. Tindakipun Itali anggèning ngêncêngakên adêging kabangsan, botên sanès, supados kabangsan wau sampun ngantos kêmomoran.

Kajawi punika tumrapipun Itali anggèning gadhah tindak makatên wau, saking sumêrêp bôngsa Yahudi ingkang ngêmori damêl golongan Pasis, sampun sami pangkat agêng. Ing sapunika dipun têtêpakên sadaya wau kêdah sèlèh padamêlan.

--- 995 ---

Nanging ugi wontên wartos, bilih ing sapunika Sang Mussolini mêndhêt manahipun golongan Islam, punika sagêd katitik saking kawontênan ing Palèstinah, Itali katingal sangêt anggèning migatosakên dhatêng babagan ngriku. Ingkang makatên wau lajêng nuwuhakên panggrayangipun Jêrman, tamtunipun kawontênan ing Itali ingkang pinanggih ing wêkdal punika, lajêng badhe ngewahakên tindakipun, lajêng migatosakên dhatêng babagan Palèstinah. Kajawi punika tumrap pamawasipun sèkrêtaris Pasis dhatêng tandangipun bôngsa Yahudi, punika dipun wigatosakên sangêt, mila Itali lajêng ngawontênakên tindak kêrêng ingkang ngèngingi dhatêng golongan Yahudi. Dene sababipun, botên sanès jalaran saking golongan Yahudi sadonya punika sêdyanipun namung ngalang-alangi tandangipun Pasis, saha limrahipun, golongan Yahudi ing pundi-pundi kemawon, sami dados pangajênging golongan ingkang nyêmpaluki ebah-ebahan Pasis.

Wontên malih pangintên, bilih anggèning Itali nyatru dhatêng golongan Yahudi punika namung saking anggèning nyantosani tindakipun Jêrman. Nanging sawarnining pangintên wau tumrapipun Sang Mussolini botên dipun raosakên, dene ingkang tumanêm yêktos dhatêng raosipun Sang Mussolini punika wiraosanipun Paus Pius XI.

Ing sakawit sampun kawartosakên, bilih Paus tamtu botên rêna dhatêng tindakipun Sang Mussolini anggèning ambedak-bedakakên bôngsa wau, awit manawi dhêdhasar agami Katolik, sawarnining bôngsa punika sami kêdunungan awon tuwin sae. Paus ugi sampun nate mêdhar sabda kaping kalih, ingkang araos nyaruwe dhatêng panganggêp lêrês ingkang dipun kajêngakên dening Sang Mussolini. Tumrap Sang Mussolini piyambak rumaos botên rêna anggèning dipun wastani niru tindakipun Jêrman, awit dhêdhasaripun Itali nêdya majêng adhêdhasar tunggil darah. Ing bab punika lajêng nuwuhakên pasulayaning rêmbagipun Sang Mussolini kalihan Paus.

[Iklan]

Kala ing wulan Marêt Paus sampun nêtêpakên, bilih Pasis punika botên sae manawi lajêng tumut-tumut adhêdhasar nunggil darah. Paus anggèning gadhah pamanggih makatên wau lajêng dipun kintên nyulayani dhatêng tindakipun Pasis. Nanging ing ngriku inggih lajêng wontên raos ingkang amastani Pasis punika golonganipun tiyang muntaban, botên kenging dipun palangi. Ingkang dados pamanahan wigatos, punika ing bab anggèning Sang

--- 996 ---

Mussolini ingkang manggèn ing nagari Katolik, têka purun pasulayan kalihan pramukanipun.

Bulgari tuwin paguyuban Balkan.

Kawontênanipun Sang Mussolini nama namung tansah kataman, ing sapunika Bulgari pinanggih paguyuban kalihan Balkan, inggih punika paguyubanipun Rumêniyê, Yugoslapiyê, Yunani tuwin Turki. Môngka panganggêpipun Jêrman tuwin Itali, Balkan punika lajêng badhe dipun rêncak-rêncak, jêbul nyatanipun malah sampun ngawontênakên paguyuban, malah Bulgari tumut ngêmori.

[Grafik]

Laladan parêdèn Cangkupèng.

Miturut prajanjian sabibaring pêrang donya, Bulgari botên kawênangakên anggadhahi wadya dharatan tuwin lautan ingkang kiyat saha jangkêp. Tamtu kemawon tindakipun Bulgari ingkang kados makatên wau adamêl botên rênanipun Jêrman tuwin Itali. Môngka paguyuban punika kêmoran Turki ingkang dados kancuhipun Inggris, ingkang sampun cêtha sawêg dados ucap-ucapan.

Nyarêngi lêlampahanipun, ing wêkdal punika Prancis badhe nyambuti arta dhatêng Bulgari, môngka bab arta punika Sang Hitler tuwin Mussolini botên sagêd nyukani. Lêrês Jêrman tuwin Itali punika kathah anggèning tumbas barang dhatêng Bulgari tuwin nagari ing Balkan sanèsipun, nanging namung lêlintonan sami barang. Dados saupami Bulgari sagêd nyade barang-barangipun dhatêng Prancis tuwin Inggris awujud arta, ing ngriku tanah Balkan botên kasingsêtan dening Jêrman tuwin Itali.

Ing mangke gêntos Honggari ugi ngucik dhatêng Itali ing bab anggèning dèrèng mardika kados Bulgari. Pangucikipun Honggari ingkang kados makatên wau pancèn pinanggih mapan. Saya malih manawi nyumêrêpi dhatêng tindaking praja sanès, Inggris tuwin Prancis anggèning ngêmori damêl dhatêng Bulgari, punika saya damêl botên narimahipun Honggari.

Rêdi Cangkupèng.

Wadya Rus tuwin Jêpan sami campuh jalaran saking anggèning rêbatan rêdi Cangkupèng. Dêdamêlipun ingkang paprangan sarwa mêpêki, golongan kalih pisan sami nandhang karisakan. Nanging lajêng wontên wartos, bilih Jêpan langkung bingah manawi rukun kemawon. Tindakipun Jêpan sagêdhagan punika katingal rêkaos anggèning mangro damêl. Mila ing pangangkah sagêda namung mêlêng satunggal kemawon, panêmpuhing wadya manawi sampun dumugi Hanko, botên badhe mangalèr, amargi ing sisih lèr punika botên kenging dipun gêgampil.

--- [997] ---

[Iklan]

--- 998 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Angsal-angsal saking Kêkesahan.

V.

Petruk : Esuke, Kang Garèng, dina Minggu, sauwise padha sarapan nganti mlênthi, ndara dhoktêr sakalihan ngajaki aku, Makne Kamprèt, apadene Bu Mar, mubêng-mubêng ana ing kutha Kudus. Nèk wong Batawi ngarani Kudus kuwi mêsthine:... desa gêdhe.

Garèng : Banjur wong Batawi, wong iya manggon ana ing kutha gêdhe, nèk têka ing kutha cilik, lumrahe sok pêtentengan lan pêtontongan, awit rumasane: omahku ana ing kutha gêdhêm, apa-apa mêsthi: ènèng, arêp apa-apa iya: tèyèng, banjur panganggêpe nyang wong ing kutha cilik mau, sajak ngrèmèhake, jarene: yak, kapak-kapakna hla wong desa, ora ana barang-biring kajaba kodhok ngorèk utawa jênggèrètnong, mulane wong-wonge, kawruhe, sêsurupane, adat tatacarane lan sapadhane, umume iya kurang bangêt. Hla wong iya wong desa.

Petruk : Bênêr, Kang Garèng, mula iya nyata wong manggon ana ing kutha gêdhe kuwi, akèh sing sok duwe panêmu sing kaya ngono kuwi. Umume ora padha ngrumasani, yèn wong-wong kang manggon ana ing kutha gêdhe, kuwi lumrahe mula iya brêgas-brêgas, iya sabab saka kumpulane karo sawarnaning bôngsa, utawa sabab ing kutha gêdhe, apa-apa ènèng, arêp apa-apa tèyèng, kuwi mau. Nanging brêgas-brêgase mau, iya brêgasing... batur. Têgêse: ing kutha Bêtawi pancèn iya akèh wong-wong bangsane dhewe sing brêgas-brêgas lan anylêkênthang-nylêkênthang, jalaran pamêtune sêsasine luwih saka satus rupiyah, malah ana bae sing luwih saka sèwu rupiyah barang, mung bae iya brêgasing batur, êmbuh batur bêndara tuwan Lônda, êmbuh ndara Tuwan Sian Sing, êmbuh sapa, mulane sing akèh-akèh iya garang-garing, têgêse: habis bulan, habis bulêt. Karêpe: brêgase salagine nômpa blônja bae. Hla wong sabên sasine bisa nêmtokake: mêsthi tômpa samene, mulane iya banjur bisa nêmtokake: bisa ambuwang samene, malah sing akèh anggone migunakake pamêtune nganggo dilanjari barang, wusanane uripe iya têrus-têrusan koprat-kaprèt ajêgan, kang anjalari salawase urip mung dadi kaum: nun inggih sandika, utawa kaum sêmuhun dhawuh bae.

Garèng : Aiya, Truk, wong ing kutha gêdhe kuwi umume ekonomine (panguripane) bôngsa inyong wis ana ing tanganing liyan, sabab bangsane dhewe pancèn iya kalah undhig lan kalah julig.

Petruk : Wiyah, ambok aja ngêtokake têmbung... lekoh mêngkono. Sabênêre, Kang Garèng, nalika aku têka ing Kudus mau, ing sakawit aku pancèn iya rada gêmbelengan, [gê...]

--- 999 ---

[...mbelengan,] awit iya ngrumasani saka kutha gêdhe mau, pikiranaku: aku mêsthi katon luwih brêgas, luwih pintêr lan luwih andhèthèng, nanging barêng aku lagi anjajah kutha sêthithik bae, têrus aku banjur ngawêt lan kipit-kipit bae. Awit aku banjur rumasa sanalika, wong clila-clili dikrama, nèk nitik anggonku sakolah nganti têlulasan taun, lo, pancène aku rak iya wis pintêr, ta, nanging nyatane golèk pangan dhewe ora jegos, kang anjalari nganti saprene mung dadi batur bae. Dadi gagahku iki iya mung gagahing batur. Seje karo sawênèhe wong ing Kudus sing kala samono têtêpungan karo aku, bokmanawa wulangan sakolahan ôngka loro bae ora katam, tandhane anggone migunakake basane dhewe bae pating bênthalit ora karuwan, kaya ta ngandhakake awake dhewe: kula dèrèng sagêd tindak mrika, utawa: kêsuwun, panjênêngan sampun krêsa sowan dhatêng griya kula. Nanging nyatane tikêl-matikêl luwih pintêr katimbang aku, Kang Garèng.

Garèng : Nèk bangsane dhewe ora bisa cara Jawa, tumrape jaman saiki wis umum, malah ana sing anduwèni panêmu, saya kacêl utawa saya kekuk cara Jawane, saya brêgas, awit: mlandani, Truk.

[Grafik]

Petruk : Yah, iki ora kêna dipadhakake, Kang Garèng, awit, saka dhuwuring pangajarane kulonan, nganti kèri irunge thok sing Jawa, liyane wis Eropyan kabèh. Iya sing kaya ngono kuwi sing diarani: têlung prapat Lônda lan têlung prapat nyonyah. Saiki takambanjurake caritaku ing bab wong Kudus mau. Nèk pangajarane mono, bokmanawa: papa, rara, bae durung tau ngambah, nanging nyatane ing kono, gênah luwih pintêr katimbang aku. Buktine: bisa urip dhewe, tanpa dadi batur, malah dadi: ndara, tur iya dudu ndara sing mung tembre-tembre, têgêse: ndara sing bisa prentah, nanging ora bisa angganjar, malah dadi ndara sing sapupu têkuk kae.

Garèng : Mêngko sik, Truk, pikiranaku cuthêl angrasakake dongenganamu kuwi. Kowe ngandhakake wong Kudus sing sajak ora sakolah ora barang, dadi iya wong sing ora pangajaran babar pisan, sabanjure kok unèkake: uripe sa: ndara sapupu têkuk. Wèh, kiyi têrange kêpriye, Truk.

Petruk : Lo, kuwi mangkene, Kang Garèng, nèk mungguhing panêmuku, sing diarani: ndara

--- 1000 ---

sapupu têkuk, kuwi ora mung wong sing wajib disêbut: ndara, jalaran asal luhur, lan pangkate dhuwur, nanging uga wong kang bisa prentah lan bisa angganjar, dadi iya wong sing bisa ambanderani, angayomi marang sapadhane umat. Arêpa asal luhur, pangkate mêncit bangêt, nanging sugih utang, banjur sing disobat lan disanak ngêmungake wong sing diutangi bae, nèk mungguh panêmuku iki iya dudu: ndara sapupu têkuk, nanging iya ndara... dêlap.

Garèng : Hus, wong sêmbrana, ngomong kathik samêtu-mêtune mêngkono. Nanging iki rak durung karuwan saka salahe salirane. Hla nèk pamêtune ora cukup, nanging saka dening pangkate diwajibake kudu timindak cara: ndara grès, sing kuwasa bangêt kae, apa wusanane ora kapêksa banjur utang-utang. Aja sok guru-guru maido, Truk, wong omong kuwi kudu dipikir sing dawa dhisik. Ora, Truk, tumrape kowe, sawênèhe uwong ing Kudus, duwe pikiran kang mangkono kuwi mau, mungguh sabab-sababe kêpriye.

Petruk : Dening ndara dhoktêr sakalihan, aku kêtêlu diajak andêlêng kaanane ing pabrik rokok, Kang Garèng, nèk andêlêng kaanane ing pabrik kono, ing ngarêp ana kantore, kuwi ethok-ethoke papane: ndara priyayi-priyayine, kaya ta: administratur, buk odhêr, kasir, klèrêk, lan sapadhane. Wah, kantore mau iya katon: nècis, têmata, lan sêmruwêng têmênan. Ing buri pirang-pirang los papane kaum buruh, yaiku wong-wong kang padha gawe rokok, iya wong wadon, iya wong lanang. Ing kala samono sing padha nyambut gawe ora pati akèh kaya sing uwis-uwis, nanging iya mêksa ora kurang saka wong sèwu, nanging kabèh mau sarana: rajin, nècis, lan aturan. Nèk sing ora ngrêti, iya mêsthi ngarani pabrik Amerikah, nanging sing anduwèni pabrik mau nyatane: Mastêr:... Nitisêmita.

Garèng : Wong sêmbrana, takarani sing duwe pabrik kuwi mau, iya wong Amerikan têmênan, wong iya nganggo diatêr-atêri têmbung: mastêr, iki rak sêbutan Inggris utawa Amerikah, jêbul ing burine mak pêthungul jênêngan: Nitisêmita, dadi jênêngan Jawa dêlês. Wèh, iki anggêdhèkake atiku pirang-pirang prakara Truk, 1e dene sing duwe pabrik mau isih ngantêpi jênêngane Jawa dêlês, wong lumrahe, Truk, wong Jawa kuwi nèk duwe ada-ada, jarene: murih dianggêp dening sêgalah bangsa, sok isin nganggo jênêngane dhewe, kang sabanjure jênêngane mau dimancakake, kaya ta upamane jênêng: M. Martadikrama, kuwi ditulis nganggo aksara latin mangkene: M. Marteau de Kromme, malah, jênêng: Wagiman (Wagiman), i-ne dipènsiun, dadi mung ditulis: Wagman, hla sipate Jawa banjur ilang, pênthêlus dadi: Lônda. Nanging ing kono têka isih nêtêpi jênênge Jawa dêlês, kayadene duwe panêmu: dudu jênêng sing mêntèrèng, sing cakrak, sing bakal ngajokake daganganaku, nanging pêngpêngane barang daganganaku. Mulane, Truk, atiku mantêp bangêt.

--- 1001 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI.

Ama gajah. Wontên wartos, para tiyang ing kampung Tangkaban Durian, Pangkalan Brandan, pakêbonanipun tansah dipun ganggu damêl ing gajah, kintên-kintên wontên 15. Panêmpuhing gajah wau wanci dalu, nêlas-nêlasakên tanêman. Têtiyang ingriku lajêng sami rekadaya badhe ngesahakên ama gajah wau.

Audentie. Benjing tanggal 13 Sèptèmbêr ngajêng punika wanci jam 9 enjing, kangjêng tuwan ingkang wicaksana kaparêng anampèni têtiyang ingkang badhe sowan, wontên ing pura Koningsplein. Sintên ingkang gadhah sêdya badhe sowan, gadhaha atur dhatêng adjudant van dienst ing Bogor ing sadèrèngipun tanggal 6 Sèptèmbêr, kanthi katrangan, nama, panggenan tuwin sêdyanipun.

Bond IndischIndische. Geneeskundige. Ing Purwokêrto mêntas wontên parêpataning para dhoktêr ngêdêgakên pang Bond Indische Geneeskundige ing Purwokêrto. Ing salêbêtipun parêpatan wau warganipun sampun wontên 20. Ingkang dados warga pangrèh Dr. Buntaran, pangarsa, Dr. Suharjo, panitra, Dr. Sumarjo, artaka.

Comite Kesadaran Bangsa Dayak. Raad Kawula tampi usul saking comite Kesadaran Bangsa Batak, ing bab adêging Groote Dayak-Raad, tuwin bab wêwakiling bangsa Dayak ing Raad Kawula.

Pirantos ngasrêpakên kamar. Ir. P. Tarenskee ing Sêmarang, manggihakên kawruh sagêd adamêl pirantos ngasrêpakên kamar ingkang prasaja sangêt, waragadipun mirah. Ingkang kawigatosakên sarana migunakakên ès, kanthi pirantos panyêrot hawa. Ingkang adamêl pirantos wau pabrik ès Smeru, waragading pandamêl kirang-langkung f 30.-, cêkap ngangge ès 100 pun sadintên, ingkang ugi kenging dipun pigunakakên kangge ngasrêpakên barang sanès. Rêgining ès 100 pun wau, pabrik ès Smeru namung badhe nyade 30 sèn.

Ingsêr-ingsêran. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi Têngah, R.M. Cokrodiprojo, wêdana ing Magêlang, Kabupatèn Magêlang, Paresidhenan Kêdu, dados wêdana ing Ungaran, kabupatèn tuwin paresidhenan Sêmarang. R. Jokomono, wêdana ing Ungaran, dados wêdana ing Magêlang. Sutoro Tejokusumo, Aib. nindakakên padamêlan mantri pulisi ing Magêlang, dados asistèn wêdana ing Paresidhenan Sêmarang.

Kapal-kapal ingkang dipun sade. Dèrèng dangu nate kawartosakên bab kapal Baud ingkang kandhas, lajêng dipun ênggèni ing tiyang, punika nyatanipun botên, malah kapal wau dipun tumbas dening Ned. Ind. Sloop Mij. Kajawi punika K.P.M. ugi badhe nyade kapal Both ingkang sapunika wontên Palembang. Sami badhe dipun bongkar.

Tumut numpak kapal botên ambayar. Kapal K.P.M. Nieuw Zeeland ingkang dhatêng ing Surabaya saking Makasar, katutan lare 7, ingkang sami tumut numpak kapal botên ambayar. Lare-lare wau anggèning sami nglampahi makatên punika jalaran saking kêtarik ing manah dhatêng ucap-ucapan Surabaya, badhe dhatêng Surabaya botên gadhah arta. Nanging sadumugining Surabaya, lare-lare wau sami dipun pasrahakên dhatêng kantor K.P.M. supados kawangsulakên dhatêng nagarinipun.

Kalawarti Ratu Timur. Kawartosakên, pangêcapan G. Kolff ing Bêtawi badhe gêdalakênngêdalakên. kalawarti mawi gambar kadosdene d'Orient. Ingkang dados redacteur ngiras juru gambar, gambar Tuwan Anjar Asmara. Ariwarti wau nama Ratu Timur.

Pêlikan tosan ing Borneo. Papan pamêlikan tosan ing parêdèn Kukusan, Borneo kidul wetan, tosanipun pinanggih langkung sae, tosanipun pinanggih 50%. Namung pangintunipun mêdal Suez badhe sakalangkung awis prabeyanipun. Ing sapunika wontên rekadaya, caraning pangintun badhe kadamêl alit-alit. Sapunika parentah miji Ir. Ubaghs nindakakên damêl babagan punika.

Pamulanga Luhur Pangadilan. Lulus doctoraalexamen perangan kapisan Tuwan-tuwan A.M. Tambunan, Hidayat tuwin Mahmud Rem. Lulus candidaatsexamen kapisan Tuwan-tuwan Th. A. Doormweerd, P. Siregar tuwin M. Polak.

[Iklan]

Nyêpêngi têtiyang communist. Pulisi wados ing Bandung sampun nahan tiyang 30 ingkang sami kadakwa communist. Têtiyang ingkang sami kacêpêng wau wontên satunggal ingkang dados pangajêng, mulangakên pangajaran communist. Pangajêng wau nama Rukmanda, ingkang sampun rambah-rambah gêgayutan prakawis kalihan pulisi tuwin ugi sampun nate kaukum. Pulisi nyamarakên manawi babagan punika tumular dhatêng sanès panggenan. Nanging katingalipun botên.

Nyambuti arta kangge damêl griya. Awit saking dhawuhipun pêpatih dalêm ing Surakarta, sawarnining abdi dalêm Kasunanan kaparêngakên nyambut arta saking arta pènsiunan, ingkang pêrlu kangge damêl utawi andandosi griya, kanthi anakan 1% sawulan.

A.R.D.J.A. Angudi Roekoening Dwidja Joewananing Angga. Wiwit wulan Januari 1937, guru-guru Volksschool lan Vervolgschool ing Ondêr Dhistrik Mêrtayudan, Kabupatèn Magêlang, ngawontênakên pakêmpalan, dipun namakakên A.R.D.J.A. Dene ancasipun. 1. Nyupêkêtakên pasadherekan. 2. Ngrêmbag panggulawênthah lan pamêrdining murid-murid. Pêngajaran Olahraga lan dolanan. 3. Taman kawruh. 4. Kêmatian. Anggènipun panggihan sabên wulan dipun sarêngakên manawi guru-guru Volksschool tampi blanja. Manggènipun gêntos-gêntos, warga dipun wajibakên nyèlèngi sakêdhikipun sêtangsul. Dene pangurusipun. 1. sd.: Marga, Pangarsa. 2. sdr. Bratayudiatma, Muda Pangarsa. 3. sdr. Dwijaharsana, Panitra. 4. sdr. Hadiyuwana, Artaka. 5. sdr. Siswasumarta, Pambantu. Dene pangarsa bab pêngajaran, olah raga lan dolanan sdr. Dwijasumarta. Pangarsa bab Taman Kawruh sdr. Sudarmawasita, mantri guru ing Tanjunganom. Saking K. no. 5211.

Commissie papriksan babagan Bestuursademie.Bestuursacademie. Departement Pangajaran gadhah usul dhatêng parentah, supados ngawontênakên commissie milih calon ingkang sinau wontên ing Bestuursacademie. Cursus punika badhe tumindak wiwit wulan Sèptèmbêr ngajêng punika. Dados ngawontênakên examen dhatêng para calon. Ing sadèrèngipun examen, kawontênakên pilihan rumiyin.

--- 1002 ---

Tamu saking Philippijnen. Ing wêkdal punika ing tanah ngriki wontên tamu saking Philippijnen, nama Dr. Abdillah, pangagênging Pakaryan babagan pêlikan. Wigatosipun badhe mriksa kawontênan lisah pèt.

Mangsulakên kalênggahaning para raja. Ing wêkdal punika parentah sampun maringakên kalênggahaning para raja ingkang ingajêng sampun dipun suwak. Ingajêng sampun maringakên wangsul karajan ing Goa, lajêng ing Bali 8 panggenan. Ing sapunika sawêg manggalih badhe wangsuling karajan ing Tedore, Acèh, nanging tumrap Acèh pinanggih taksih ruwêd.

[Grafik]

Andhèrèk dhatêng nagari Walandi. Ingingil punika gambaripun putri kêkalih, Tengku Kalsum lan Tengku Latifah (gambar têngah) nalika minggah kapal Marnix wontên ing Medan, andhèrèk Sri Sultan Langkat têdhak dhatêng nagari Walandi pêrlu anjênêngi paargyan jumênêngan nata 40 taun.

Pêpêthan bangsal kancana. Benjing tentoonstelling dunya ing Amerika taun 1939 ngajêng punika, karaton Ngayogyakarta badhe ngintunakên pêpêthan bale kancana, jêmbaripun 3x4 m. Pêpêthan wau dumugining cètipun pisan badhe dipun damêl plêk.

Arta darma saking pakaryan post. Hoofd bestuur S.C.V.T. inggih punika pakêmpalan ananggulangi sêsakit t.b.c., sampun tampi arta saking hoofdbureau pakaryan post kathahipun f 468.-. Arta wau asal saking panduman pêpajênganing indhakan rêrêgèn formulier adèn.

Kalangan guru. M. Sukarji, guru pamulangan angka kalih ing Durenan, katêtêpakên dados guru wontên pamulangan angka kalih ing Mucosari. Nonah Supiyah, hulponderwijzeres pamulangan angka kalih ing Karangan, dados guru ing pamulangan angka kalih ing Pinggirsari, sami bawah Tulungagung. M.r. Kartini, wd. kêpala guru, dados guru wontên Meisjesvervolgschool ing Jombang.

Kêtulungan. Tuwan Verheyen ingkang nandhang tatu jalaran kasangsaran motor mabur ing Rijswijk, ing sapunika sampun wontên titikipun mayar, dados kenging dipun wastani sampun luwar saking bêbaya.

Pabrik sêpatu Bata. Botên dangu malih pandamêling pabrik sêpatu Bata ing Kalibata, Mr. Cornelis badhe dipun wiwiti. Pabrik wau agêngipun namung cêkapan, nanging kadamêl wangun ingkang gampil dipun êlar. Prabot-prabotipun badhe ngangge saking tanah ngriki, namung mêsin-mêsinipun saking Eropa.

NAGARI WALANDI.

Paargyan anggênana. Benjing tanggal 6 tuwin 7 Sèptèmbêr ngajêng punika, nyarêngi pèngêtan jumênêngan nata 40 taun, ing nagari Walandi kawontênakên paargyan anggêgana, ingkang dipun adani dening gemeente tuwin K.L.M. kanthi tentoonstelling manggèn ing Schiphol.

Kathah kasangsaran ing toya. Jalaran saking hawanipun langkung bêntèr, kathah tiyang ingkang lêlangèn wontên ing toya pados asrêp. Ingriku anjalari tiwasing kopral tuwin lare 2 umur 15 taun sami tiwas wontên ing lèpèn Waal ing Nymegen.

Kapal kêruk Karimata. Kapal kêruk Karimata pangêrukipun sadhasaring sagantên botên kèndêl. Wontênipun siti ingkang dipun kêdhuk sampun angsal 250.000 m kubuk.kubik.

EROPA.

Panjênêngan Sultan Langkat. Kapal Marnix, ingkang dipun titihi Sultan Langkat sakalihan tuwin putrinipun kêkalih, sampun dumugi ing Genua. Kaparêngipun sultan badhe lêlana wontên ing Eropa, dipun wiwiti saking Italie, lajêng dhatêng Zwitserland tuwin Jerman, dumugining tanggal 14 Augustus, dalah pandhèrèk sadaya sasampunasampuna. wontên ing 's Gravenhage.

Sultan Bulungan. Panjênêngan Sultan Bulungan ingkang sapunika nuju wontên nagari Walandi, mêntas rawuh mariksani pabrik panggosokan barlian van Asser ing Amsterdam.

Kasangsaran motor mabur. Ing antawising Rijswijk tuwin Delft wontên motor mabur militèr Koolhoven Fk. 51 dhawah, ingkang numpak tiwas tuwin kêtaton.

Sultan Deli. Panjênêngan Sultan ing Deli ingkang wontên nagari Walandi, nimbali dhoktêr ahli babagan mripat, dhoktêr wau lajêng nêtêpakên kêdah dipun bêdhèl.

Margi saking Port Said dhatêng Suez. Suezkanaal maatchappij nguruni arta 300.000 pond Mesir kangge damêl margi militèr enggal saking Port Said dhatêng Suez. Kintên-kintên waragadipun wontên 445.000. pond Mesir.

ASIA.

Sêsambêtanipun ura-uru ing Rangoon. Miturut wartos saking dhistrik sakubêngipun Tharawadi, afdeeling Pegu, laladan Burma, ingriku tansah wontên ura-uru. Ingriku ingkang wajib lajêng matah wadya kangge anjagi saha nyantosakênnyantosakakên. wadyabala. Dene ingkang dipun samarakên bilih ura-uru ing Rangoon ingkang sampun sirêp, manawi tuwuh wontên ing Tharawadi.

Wadya Jêpan dhatêng Mansyukuo. Ing salêbêting minggu kêpêngkêr, wontên wadya Jêpan cacah 20.000 saking Tiongkok lèr tuwin saking Shansi nglangkungi Tientsin mlampah dhatêng Mansyukuo. Kajawi punika ing tapêl-watês Mansyukuo tansah dipun nganglangi motor mabur.

Kasangsaran ing Jêpan. Miturut wartos ing tanggal 2 Augustus, ing Kyogo tuwin Osaka kêdhatêngan bêna malih, jalaran saking jawah agêng. Griya-griya ingkang karêndhêm toya pintên-pintên dasa èwu. Lampahing sêpur, tram tuwin bus ing nagari kalih wau, sami dipun êndhêg.

--- 1003 ---

Wêwaosan

Anakipun Tarsan.

Pêpiridan saking buku karanganipun Edgar Rice Burroughs

6

III

Sarêng juru mainakên kêthèk ing wêkdal punika kapêksa abên-ajêng botên ngêmungakên kalihan Ayak, ugi kalihan lare jalêr ingkang lênggah wontên ing klas losê wau, ing salajêngipun anggèning badhe namakakên cêmêthinipun dhatêng kêthèk bangkokan inggih lajêng gojag-gajêg. Kalêrêsan ing kala punika wontên priyantun agêng inggil sarta gagah prakosa lumêbêt ing klas losê ngriku. Sarêng Jak sumêrêp dhatêng priyantun ingkang rawuh punika, nuntên kalair têmbungipun makatên: bapak.

Nalikanipun kêthèk bangkokan sumêrêp Sang Lodgrèstuk lumêbêt ing losê ngriku, sanalika punika lajêng enggal-enggal amurugi, sarta nyuwara pating cêlonthèt botên kantên-kantênan, kadosdene anglairakên sukaning manahipun ingkang tanpa upami. Saking kagèt lan gumunipun ing ngriku Lodgrèstuk aliyas Tarsan, lajêng grêg kèndêl tanpa ebah-ebah.

Ing wusana Lodgrèstuk kawêdal pangandikanipun makatên: Lo, kok kowe, Akut.

Sumêrêp kawontênan ingkang makatên punika, Jak sakalangkung gumun, sarta lajêng tansah ningali dhatêng kêthèk bangkokan tuwin ingkang rama, wongsal-wangsul. Makatên ugi juru mainakên kêthèk, inggih gumun sangêt, sarta lajêng tumut mirêngakên, awit ing kala punika Lodgrèstuk anglairakên suwara tuwin kêkêcapan ingkang saèmpêr kêthèk, ingkang ugi lajêng dipun jawab cara makatên dening kêthèk bangkokan, ingkang ing kala punika gêgondhelan ing rasukanipun Lodgrèstuk.

Kadadosan ingkang makatên punika, saking sawingkingipun tonel tansah dipun awasakên dening satunggiling tiyang sêpuh, gêgêripun wungkuk, rainipun bocal-bacèl botên kantênan, tanganipun cengkrong lan taksih wontên cacad sanès-sanèsipun malih. Dene tiyang sêpuh punika botên sanès kajawi pun: Polwic, aliyas Misèl, mêngsahipun Tarsan bêbuyutan. Nyumêrêpi kadadosan ing nginggil wau, manahipun Polwic inggih bingah, nanging inggih kuwatos. Mênggah pangunandikanipun Polwic makatên: E, hla dalah, dadi bocah iki anake Tarsan.

Ing kala punika tanpa kèndêl anggènipun Lodgrèstuk wawan rêmbag kalihan kêthèk bangkokan wau, nanging inggih pating cruwèt kados caraning kêthèk. Mênggah suraosing rêmbagipun wau makatên:

Akut: lawas bangêt anggonku anggolèki nyang kowe. Sarèhning saiki wis tinêmu, aku êmoh pisah manèh karo kowe.

Lodgrèstuk ngêlus-êlus sirahipun kêthèk bangkokan. Sakala punika dumadakan panjênênganipun èngêt dhatêng lêlampahanipun rikala wontên ing wana gung ing tanah Aprikah sêsarêngan kalihan kêthèk bangkokan kasêbut nginggil. Ing ngriku Sang Lodgrèstuk inggih lajêng kêtuwuhan panggalih, kêpengin wangsul dhatêng wana malih, sanadyana namung sakêdhap, prêlu kapengin angraosakên gêsang ing wana malih kados ing ngajêng. Iba sênêng lan rêna panggalihipun saupami ing samangke lajêng sagêd wangsul dhatêng wana ing Aprikah sêsarêngan kalihan Akut, inggih namanipun kêthèk bangkokan wau, ingkang tansah ngatingalakên mênggah ing kasêtyanipun. Nanging sakala punika dumadakan lajêng emut dhatêng garwanipun, ingkang tamtu badhe sangêt sungkawanipun manawi ngantos katilar. Kanthi karaos ngêrês ing panggalih, Lodgrèstuk lajêng angandika makatên:

Panjalukmu kang kaya mangkono iku mau, Akut, ora bakal bisa kalakon. Dene yèn kowe kapengin mulih nyang padununganamu manèh, aku sing bakal anglatarake bisane tumuli kalakon. Yèn kowe arêp têrus ana ing kene, ora-orane kowe bakal bêtah. Mangkono uga aku, ana ing kana, iya bakal ora krasan.

Ing kala punika juru mainakên kêthèk anyakêti. Dene kêthèk bangkokan lajêng anggêrêng sarwi ngatingalakên siyungipun.

Tarsan aliyas Lodgrèstuk, lajêng dhawuh pangandika makatên: Akut, luwih bêcik kowe milua wong kuwi. Sesuk aku tak tilik mênyang pondhokanamu.

Kanthi alon-alonan kêthèk bangkokan lajêng murugi juru pamainipun. Dene Lodgrèstuk, sasampunipun mundhut priksa dhatêng juru mainakên kêthèk mênggah ing pondhokanipun Akut, lajêng nyandhak tanganing putranipun, sarta kaajak mêdal saking ing gêdhong sirkus ngriku.

Ngantos sawatawis mênit dangunipun, Lodgrèstuk tuwin putranipun namung kèndêl-kèndêlan kemawon. Danguning-dangu Jak lajêng matur dhatêng ingkang rama makatên:

Kêthèk bangkokan iki mau, rupane têpung bangêt karo bapak. Dhèk mau ngandikane bapak karo kêthèk bangkokan, nganggo basane kêthèk. Kapriye, têka bapak sagêd têpung karo kêthèk, lan sagêd migunakake basaning kêthèk.

--- 1004 ---

Ing ngriku Lodgrèstuk, sawêg sapisan punika karsa angandikakakên lêlampahanipun kanthi cêkak dhatêng ingkang putra. Inggih punika: kala miyosipun wontên ing têngahing wana gung, ingkang lajêng dipun upakara dening: Kala, satunggiling kêthèk bangkokan èstri ngantos dumugi agêng. Salajêngipun, Lodgrèstuk nuntên angandikakakên bêbaya lan sangsaranipun gêsang wontên ing wana sêsarêngan kalihan sato galak, makatên ugi ngandikakakên: rêkaosipun ing môngsa katiga, utawi môngsa rêndhêng manawi kathah jawah. Gêsang wontên ing wana punika, kêdah botên kenging ajrih dhatêng asrêp utawi luwe, lan kêdah tansah angèngêti, bilih sadaya sato galak punika mêngsahipun. Cêkakipun, Lodgrèstuk ngandikakakên sadaya kawontênanipun ing wana, ingkang anggêgirisi lan anggêgilani, murih putranipun sampun ngantos anggadhahi kêpengin badhe gêsang wanan. Nanging salêbêtipun ngandika makatên wau, Lodgrèstuk supe, bilih ingkang dipun ngandikani wau putranipun piyambak alias anakipun: Tarsan wanara seta ingkang ugi kadhasaran manah kados ramanipun wau.

Sarêng Jak sampun mapan tilêm, Lodgrèstuk ngandikakakên dhatêng ingkang garwa punapa ingkang sampun kalampahan ing dalu punika, makatên ugi panjênênganipun angandikakên, bilih sampun andhawuhakên dhatêng ingkang putra mênggahing lêlampahanipun kala timur. Lèdhi Grèstuk sampun kagungan pangintên, bilih danguning-dangu Jak tamtu badhe mirêng kadospundi lêlampahanipun ingkang rama wontên ing wana gung ing Aprikah, anggènipun botên beda kadosdene sato wana. Amila sarêng mirêng dhawuhipun ingkang rama makatên wau, Lèdhi Grèstuk inggih lajêng ngêmungakên gèdhèg-gèdhèg kemawon, lan pangajabipun, mugi-mugi watakipun ingkang rama, ingkang dumuginipun samangke dèrèng lêrês anggèning tansah kêpengin wangsul dhatêng wana malih, sampun lajêng nular dhatêng ingkang putra.

Enjingipun Lodgrèstuk anuwèni pondhokanipun Akut, inggih kêthèk bangkokan kasêbut nginggil. Sanadyan adrêng panuwunipun ingkang putra supados kaparênga andhèrèk, nanging ingkang rama botên anglilani. Wontên ing pondhokanipun kêthèk bangkokan ngriku, Lodgrèstuk alias Tarsan, pinanggih kalihan tiyang ingkang ngakên anggadhahi Ayak wau, inggih punika tiyang sêpuh, ingkang rainipun bocal-bacèl, gêgêripun wungkuk, tanganipun cengkrong, lan sapanunggilanipun wau. Nanging ing kala punika Lodgrèstuk botên nyana babarpisan, bilih tiyang punika sajatosipun Polwic, mêngsahipun bêbuyutan. Saking sangêt wêlasipun dhatêng Akut, Lodgrèstuk lajêng rêrêmbagan kalihan Polwic nêdya numbas kêthèk bangkokan wau. Nanging Polwic botên sagêd anatêpakênanêtêpakên. rêginipun, badhe kamanah rumiyin.

Sarêng Lodgrèstuk kondur ing dalêm, adrêng panyuwunipun ingkang putra supados andhawuhakên kawontênanipun kêthèk bangkokan ngantos talêsih. Salajêngipun Jak ngaturi rêmbag, murih ingkang rama krêsa amundhut kêthèk bangkokan wau ingkang lajêng badhe kaingah wontên ing dalêm ngriku. Ingkang ibu botên rujuk babar pisan. Nanging ingkang putra adrêng panyuwunipun. Lodgrèstuk lajêng anêrangakên, nêdya badhe mundhut kêthèk bangkokan wau, nanging prêlu badhe kawangsulakên dhatêng wana ing Aprikah malih. Ingkang makatên punika ingkang ibu sakalangkung anyondhongi. Jak nyuwun palilah dhatêng ingkang rama tuwin ingkang ibu, kaparênga anuwèni pun Akut. Nanging panuwunipun wau botên dipun lilani malih. Nanging Jak sumêrêp ing pundi pondhokanipun kêthèk bangkokan wau, amila kêncêng sêdyanipun, manawi wontên wêkdalipun ingkang kalêrêsan, nêdya anuwèni Akut. Ing kala punika Harolmur sampun kèndêl anggènipun dados gurunipun Jak, sarta sampun dipun santuni ing tiyang sanès. Ing satunggiling dintên Jak sagêd anglimpèkakên gurunipun, sarta lajêng kèsah ngupadosi pondhokanipun kêthèk bangkokan. Lampahipun mêdal ing panggenan-panggenan ingkang dèrèng nate dipun ambah, nanging danguning-dangu mêksa sagêd kapanggih, inggih punika wontên ing griya alit rêgêd sangêt, papan padununganipun tiyang sêpuh ingkang rainipun bocal-bacèl kasêbut nginggil. Sarêng tiyang sêpuh, inggih pun Polwic, sumêrêp sintên ingkang dhatêng wau, korining griya lajêng kabikak, lan Jak lajêng kalêbêtakên ing kamar alit papan patilêmanipun piyambak tuwin kêthèk bangkokan wau. Ing kala rumiyin Polwic punika satunggiling tiyang ingkang rêsikan sangêt, nanging sarêng kêmpal kalihan tiyang wanan laminipun sadasa taun, rêsikanipun wau lajêng ical babarpisan, tanganipun ing sêmu botên nate kambêtan toya, amila rêgêd sangêt, rambutipun botên nate dipun jungkati, ngantos gimbal. Dene kamaripun ngantos botên kenging kacariyosakên jalaran saking rêgêdipun. Kala Jak wau lumêbêt ing kamar ngriku, piyambakipun sumêrêp kêthèk bangkokan sawêg linggih ing papan patilêman, kinêmulan ing kêmul ingkang sampun tembel-tembelan, ingkang rêgêd sangêt sarta anggônda lêtêng. Sarêng kêthèk bangkokan sumêrêp dhatêng Jak, enggal-enggal lajêng mêncolot saking papan patilêman wau, sarta lajêng amurugi. Polwic ing sêmu pangling dhatêng Jak, saha kuwatos, bilih kêthèk bangkokan nêdya adamêl sikara dhatêng lare wau, amila lajêng enggal-enggal anêngahi saha suka prentah dhatêng kêthèk bangkokan supados wangsul ing papan patilêmanipun malih.

Nanging Jak ujug-ujug wicantên makatên: Kêthèk punika botên-botênipun badhe mênapak-mênapakakên dhatêng kula. Kula kêkalih sampun dados mitra. Malah ing kala rumiyin piyambakinipunpiyambakipun. dados mitranipun bapak, anggènipun sami têtêpangan wontên ing wana gung ing Aprikah. Bapak kula punika: Lodgrèstuk. Panjênênganipun botên uninga, bilih kula ing samangke wontên ngriki. Ibu botên marêngakên. Nanging kula kapengin sangêt pinanggih kalihan Ayak. Manawi sampeyan suka kula asring mriki, mangke kula purun ambayar dhatêng sampeyan. Badhe kasambêtan.

--- [1005] ---

Ôngka 65, Stu Kli, 16 Jumadilakir Jimawal 1869, 13 Agustus 1938, Taun XIII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f. 1.50,- Bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt - Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana Têdhak Wanasaba - Tuntunan Nyinau Nabuh Gôngsa - Dhoktêr Sutapa - Wiraosan Sêrat - Surya Wirawan - Angsal-angsal saking Kêkesahan - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Pangungsêt

Manunggiling Kawula Gusti

Têtêmbungan makatên punika nyata gawat, adhakanipun adamêl ngalanguting gagasan, ingkang manawi muluking gagasan saya bêblês, malah saya ambingungakên, awit kawasaning ngakal budi tuwin muluring pikiran tansah kêdugi ngukur inggiling langit sap pitu. Tur pangukur wau tangèh sagêdipun dumugi. Punika cocog kados kajênging pangungsêt kala dintên Sabtu kapêngkêr.

Manawi tumraping ancêr-ancêr tuwin gambaran, kados sampun botên kêkirangan, upaminipun wontên gambaran kadhapur bundêran sap-sapan ngantos tundha pitu, ingkang nglêbêt piyambak kacirèn nomêr 1 punika kangge gêgambaraning gêsang, kayu, nomêr 2 cahya, nur, 3 sir, rasa, 4 roh, sukma, 5 napsu, hawa, 6 ngakal, budi tuwin 7 jasad, badan.

Tamtunipun ing ngriku tumraping panggrayang, cêtha bilih ingkang nomêr 7 wau sagêdipun dumugi nomêr 1 kêlêtan pintên-pintên sap, dados saupami tiyang lumampah kêdah ambêdhah bètèng pintên-pintên. Ing ngriku ngakal budi tamtu purun tumindak. Inggih tumindaking ngakal budi wau ingkang dados cangkriman, awit tumraping panampi, adhakan beda-beda.

Tumrap ingkaingkang. lêpas ing pangudi wontên ingkang pratela makatên: punapa ingkang kawastanan manunggal. Nitik ing pêpêthan gambar wau, wontên kajêng: sir tumuju dhatêng gêsang, badan wadhag tumuju dhatêng sir, awit badan wadhag anglampahi parentahing sir. Dados kajêng manunggal punika ubang-ubêngan ing badanipun piyambak. Limrahing rêmbag, ingkang dipun wastani manunggal punika manunggaling kawula Gusti. Ananging mênggahing pamanggih botên sagêd, jalaran: gêsang punika wontên ingkang andamêl, dados manawi tiyang badhe kêmpal kalihan ingkang andamêl, mêsthi botên sagêd. Panggagap ingkang makatên wau sampun mapan sangêt, nandhakakên sampun ngawekani sampun ngantos kêplantrang pangudinipun, awit sampun mangrêtos bilih namung ubang-ubêng wontên badanipun, ugi sampun cocog kalihan kajênging: gêsang punika wontên ingkang andamêl.

Mênggahing pangungsêt, kêdah titi yêktos, têgêsipun, manawi nyata wontên panganggêp, gêsang punika wontên ingkang andamêl, sampun ngantos kêtliwêng gadhah panganggêp, sir tumuju dhatêng gêsang, badan wadhag tumuju dhatêng sir, badan wadhag anglampahi parentahing sir, awit pathining panganggêp ingkang kados makatên punika atêgês mêngkoni sadayanipun, kêsupèn manawi wontên ingkang mêngku. Mila lajêng ngiyatakên dhatêng pangiyas: mêsthi botên sagêd. Pantoging panggrayang, pancèn têtêp: kawula botên sagêd nunggil kalihan Gusti. Dene pamarêmipun, prayogi sinau yêktos, kadospundi yêktinipun bilih: kawula punika nyata dados kawulaning Gusti. Dados nama kawula ingkang sampurna. Sampun namung ngakên-akên.

Cêkruktruna.

--- 1006 ---

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana Têdhak Wanasaba

Ing sêrat-sêrat kabar sampun martosakên ing bab têdhak dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Wicaksana dhatêng Wanasaba. Ing Kajawèn ngriki ugi badhe mratelakakên têdhak dalêm wau kanthi rêringkêsan, miturut rancangan ingkang sampun dipun têtêpakên.

[Grafik]

Gambaripun Pramèswari dalêm G.K. Ratu Êmas lênggah kalihan para putri dalêm wontên patilasanipun Kangjêng Sinuhun Sultan II ing dhusun Kledhung.

Ing dintên Kêmis tanggal 21 Juli 1938, sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Wicaksana, sakalihan pramèswari dalêm, Gusti Kangjêng Ratu Êmas, tuwin putri dalêm Gusti Kangjêng Ratu Pambayun, wanci jam 8 enjing têdhak saking Surakarta nitih oto, ginarubyug ing para pandhèrèk. Sadumugining Têmanggung mampir dhatêng kabupatèn. Ing ngriku ingkang bupati ing Têmanggung Radèn Adipati Arya Cakrasutama, mapag rawuh dalêm. Sasampunipun lêrêm sawatawis, lajêng têdhak Wanasaba, anglangkungi dhusun Kledhung. Wontên ing ngriku têdhak mariksani papan patilasan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Hamêngkubuwana II ing Ngayogyakarta. Salajêngipun anglajêngakên têdhak Wanasaba, dumugi Wanasaba jam 6 sontên, lêrês wontên hotèl Diyèng.

Hotèl Diyèng punika salangkung asri, hawanipun asrêp. Ing kala punika lajêng rame dadakan.

Ing dintên Jumuwah tanggal 22 Juli wanci jam 10 enjing têdhak pasiraman ing Mangli.

Ing dintên Sabtu tanggal 23 Juli wanci jam 9 enjing têdhak Diyèng.

Ing dintên Ngahad tanggal 24 Juli, wanci jam 10 enjing têdhak dhatêng kabudidayan tèh ing Tambi.

[Grafik]

Gambar dalêm sampeyan dalêm Ingkang Minulya saha Wicaksana dalah pandhèrèk wontên sangajêngipun candhi gathutkaca.

Ing dintên Sênèn tanggal 25 Juli, wanci jam 9 enjing têdhak Banjarnagara, mriksa kagunan dalêm barang grabah. Ing wêkdal punika barang grabah wêdalan [wêdala...]

--- 1007 ---

[...n] ing Banjarnagara punika pinanggih sae, mênggah saenipun wau kajawi kapardi dening pangrèh praja, ugi jalaran saking saening siti ingkang kangge badhenipun, awit ing bawah ngriku wontên siti ingkang langkung sae kangge barang grabah.

[Grafik]

Gambaripun Pramèswari dalêm G.K. Ratu Êmas saha putra putri dalêm wontên sangajêngipun candhi Pandhawa.

Ing dintên Rêbo tanggal 27 Juli, wanci jam 9 enjing bidhal kondur dhatêng Surakarta, langkung Salatiga, dumugi Salatiga mampir ing hotèl Kalitaman, lênggah dhahar. salajêngipun [...]Naskah rusak.

Ki Ajar Dewantara wontên ing [...]Naskah rusak.

--- 1008 ---

Kagunan Jawi

Tuntunan Nyinau Nabuh Gôngsa.

Ginêmanipun Dèn Apa kalihan Dèn Iya

Sambêtipun Kajawèn nomêr 63.

A : E la inggih kamas, sarêng kula mirêng pangandika panjênêngan makatên wau lajêng kraos manawi botên gampil pandamêlipun tuntunan tumrap ingkang katindakakên ing tangan kalih, dados inggih layak kemawon wiwit jaman kina dumugi sapunika nama dèrèng wontên tuntunanipun, awit saking maka[...]Naskah rusak. lajêng sagêd nyêbarakên kasagêdanipun. Awit saking makatên, panyuwun kula lajêng panjênêngan wiwiti kadospundi rekanipun nularakên kasagêdan dhatêng ingkang dèrèng sagêd nabuh gôngsa.

I : Anggonku gawe tuntunan iki kang takanggo wiwitan, tuntunaning nabuh kêndhang, katrangane kaya ngisor iki, sawise kêndhange dikêncêngi dening kang bakal ngajar, banjur kang arêp ajar, diwêruhake marang suwaraning kêndhang.

A : Lo mangke ta kamas, tiyang namung ngêncêngi kêndhang kemawon kok dadak kêdah dipun kêncêngi ingkang badhe ngajar, punapa botên sagêd sadhengah tiyang [...]Naskah rusak.

--- 1009 ---

I : Panjalukmu wulangan kanggo nyinau dhewe iiku. durung pati takprêlokake, kang takprêlokake, tuntunan kang kanggo garan ngajarake marang kang durung bisa nabuh, iku patrape mangkene: wong kang diajar kudu dituduhake marang suwaraning kêndhang. Sarèhning suwaraning kêndhang iku manggon ing lulang kiwa lan têngên, unine nganggo sarana panêbaking tangan utawa driji, dadi siji-sijining suwara mau kudu dituduhake marang kang arêp ajar, kaya ta ing lulang kiwa ana pirang suwara, patrape anggone gawe suwara mau tangan utawa drijine kêpriye, lan pênêr ngêndi kang ditêbak, mangkono uga ing lulang têngên, kudu dituduhake patraping panêbak sapiturute kang nganti bisa mijangake siji-sijining suwara. Yèn kang diajar wis bisa nirokake, banjur digawèkake tatananing suwara, kang gampang lung-tinampaning tangan kiwa têngên kang nindakake panêbaking lulang, mangkono sabanjure nganti bisa prigêl panggawening suwara kang diarani cengkoking kêndhangan.

A : La, kados makatên punika kamas ingkang kula kajêngakên, dados upami tiyang ajar nyêrat, nama wontên hanacarakanipun, awit saking makatên, kula lajêng kêpengin mangrêtos, ingkang baku suwaraning kêndhang punika upami aksara wontên pintên.

[Iklan]

I : Suwaraning kêndhang kang cukup kanggo wiwitaning sinau iku tumrap ing lulang sisih kiwa kang ditindakake tangan kiwa mung ana 4 suwara, yaiku: tong, tak, dang, tung. Kang tumrap ing lulang sisih têngên, kang katindakake tangan têngên uga 4 swara, yaiku: bêm, dhung, trêt, bêhêb. Dene kang katindakake tangan kiwa têngên barêng utawa mèh barêng, ana 8 suwara, yaiku: blang, blong, thut, êndat, êndot, klung, plag, blag. Dadi kabèh ana 16 suwara. Badhe kasambêtan.

Kodrat, Batawi Sèntrêm.

Pawartos saking Redhaksi.

Lêngganan nomêr 3962. Murih sagêd angsal kindertoelage kêdah nglaporakên sêrat katrangan sêkolah. Blangko wau sagêd mundhut ing sêkolahan. Pandamêlipun rangkêp. Tumrap tanah Jawi Têngah sêrat katrangan wau kêdah dipun tapak asmani wadana. Lare ingkang wiwit Januari 1938 sampun sêkolah, kêdah nglaporakên sêrat katrangan wau kalih, ingkang satunggal nêrangakên bilih wulan Januari 1938 lare wau sampun sêkolah. Kathahing toelage 3%-ning gajih. Kajawi sêrat katrangan sêkolah, ugi kêdah ngladosakên sêrat katrangan sanès (verklaring ter bekoming van kinder toelage), nyuwunipun dhatêng kantor panjênêngan. Katrangan ingkang langkung cêtha, kula aturi maos volksalmanak 1939 wêdalan Bale Pustaka.

Tuwan Suwadi Suwatadirêja, ing Tèmpèl. Prayogi ngintuna karangan rumiyin dhatêng redhaksi Kajawèn, basa Jawi aksara Jawi.

--- [1010] ---

Dhoktêr Sutapa

Ingkang kacêtha punika gambaripun Dhoktêr Sutapa, leeraar babagan sêsakit kulit ing N.I.A.S. Surabaya. Ing ngriki prêlu kaaturakên sakêdhik ing bab anggèning Dhoktêr Sutapa wiwit ngambah pasinaon ngantos dumugining dados leeraar wontên ing N.I.A.S. wau.

Dhoktêr Sutapa punika kalairan ing Bandhongan Magêlang, kala tanggal 24 Juli 1898 putranipun Mas Adiwijaya, kala sugêngipun dados wadana ing Bandhongan.

Ing sakawit, saking kêkêncênganipun ingkang rama tuwin kulawarga, sarèhning Tuwan Sutapa punika putraning priyantun pangrèh praja, sagêda sêkolah wontên ing Osvia.

Saha kalampahan samêdalipun saking Eur. Lag. School. malêbêt dhatêng Osvia ing Magêlang, wiwit taun 1911 dumugi taun 1913. Naging nuntên anglajêngakên dhatêng N.I.A.S. ing Surabaya.

Ing wulan Juni 1924 dados Ind. Arts. Wêdalan kapisanan saking N.I.A.S. ing Surabaya. Ngantos dumugining Juni 1927 dados assistent leeraar ing N. I.A.S.

Taun 1927 dumugi 1930 dados Gvts.Ind.Arts wontên ing Pare, Kêdhiri.

Taun 1930 dumugi 1932 dados Gvts.Ind.Arts wontên ing Prabalingga, ngrangkêp padamêlan mulang babagan kasarasan tuwin mêrban ing Mosvia.

Taun 1932 dumugi 1934 mulang kursus calon juru ngupakara tiyang sakit ing C.B.Z ing Surabaya, ngrangkêp dados asistèn babagan sêsakit kulit.

[Grafik]

Taun 1934 dumugi 1936 dados asistèn babagan sêsakit kulit wontên pamulangan luhur dhoktêr ing Batawi (Geneeskundige Hoogeschool).

Tanggal 1 Marêt 1936 nêmpuh iksamên Arts ing pamulangan luhur dhoktêr, saha têtêp dados wd. leeraar babagan sêsakit kulit ing N.I.A.S. anggêntosi padamêlanipun suwargi Dr. Radèn Sutama nalika pêrlop.

Ing taun 1937 dumugi 1938 makili padamêlanipun Prof. J.A. Verbunt ing pamulangan luhur dhoktêr ing salêbêtipun pêrlop dhatêng Eropah.

Ing wulan Agustus 1938 punika têtêp dados leeraar babagan sêsakit kulit ing N.I.A.S. ing Surabaya, anggêntosi padamêlanipun suwargi Dr. Radèn Sutama.

Katrangan ingkang kapratelakakên ing nginggil punika, pantês pinèngêtan, anggèning Dhoktêr Sutapa sumilih padamêlanipun suwargi Dr. Radèn Sutama, punika kenging dipun wastani murid ingkang sumilih padamêlaning guru. Kajawi punika pantês pinèngêtan, bilih anggèning Dhoktêr Sutapa ngantos dados leeraar, punika satunggiling kalangkungan, tuwin dèrèng nate wontên leeraar babagan kadhoktêran, ingkang maligi asli wulangan saking tanah ngriki, limrahipun wêdalan nagari Walandi.

Botên langkung, redhaksi Kajawèn andhèrèk mêmuji, mugi panjênênganipun Dhoktêr Sutapa, manggiha suka bagya saha nyarambahana tumular dhatêng para ingkang sami angsal wulanganipun. Amin.

--- 1011 ---

Wiraosan Sêrat

Sambêtipun Kajawèn nomêr 64.

Tanah Jawa rinumpaka. | Alla Baud; Java en poemes I; Paris 1935.

Anggèn kula mêthiki pêpindhan samantên kathahipun punika pamrihipun botên supados punika katêdhak sungginga kapigunakakên ing basa utawi ing sêrat Jawi, naging namung sagêda kita tiyang Jawi kraos: kita botên pêrlu tansah namung migunakakên pêpindhan-pêpindhan ingkang sampun dados (palanyahan) nanging langkung utami adamêl pêpindhan-pêpindhan enggal. Makatên ugi sae punapa ngangge wangsalan ingkang sampun dados palanyahan, langkung utami anganggit wangsalan enggal. Sae punapa nyariyosakên: wontên nagari panjang apunjung loh jinawi, panjang dawa kuncarane... etc,etc, yèn bêgja-bêgjanipun namung badhe dipun langkahi, langkung utami yèn badhe angrumpaka utawi nyariyosakên salah satunggiling nagari kajalèntrèhna punapa wontênipun, kalayan têtêmbungan ingkang dèrèng dipun apili ingkang sami maos.

[Iklan]

Ing rumpakanipun sang pujanggèstri wontên ugi pêpindhan ingkang raosipun botên mathuk, kados ta: tèh punika dipun pindhakakên la Belle au Bois

--- 1012 ---

Dormant (putri ayu ingkang tilêm ing wana satus taun laminipun, ing basa Walandi namanipun Doornroosje) ingkang ing têmbenipun dipun wungu sang satriya bagus (le Prince Charmant), sintên satriya punika. Dhawahipun botên liya kajawi "kyai tani ingkang jrabang ambranang, ingkang sandhanganipun kulawu saking blêduging pabrik" (le pranteur tout rouges dans son vêtement gris de la poussière de l'usine = le Cultivateur).

Wontên malih ingkang botên mathuk tumraping kita tiyang Jawi, inggih punika rumpakaning durèn.

Tumraping tiyang Jawi durèn punika pêpindhaning tiyang agung ingkang kêncêng parentahipun ananging sagêd angayomi reh-rehanipun.

Panyawangipun sang pujanggèstri jêbul durèn punika "amambêt bodhonipun lan gumêndhungipun, tuwin sêsukêripun sato kewan, ingkang sami bilulungan ical ing ara-araning swarga" (Il puait l'ignorance, Il puait l'arrogance et les excrements de toutes les bêtes perdues dans les prairies du paradis).

Wondene ingkang sangêt kacathêt ing panggalihipun sang pujanggèstri punika griya kita tiyang Jawi, griya gêdhèg ingkang sarwa ringkih lan sapele, punika dipun angge gêgambaraning nagari kita, lênggah kita, gêsang kita. Rumpakanipun kasantun ing basa Jawi kirang langkung makatên:

Omah gêdhèg

Omah gêdhèg pindhane jiwa manira: | wilah tipis inganaman, | tanpa sangkan tanpa paran.

Omah gêdhèg pindhaning nala manira: | sumarawang sumaring sunaring surya, | sumarawang kasiliring samirana.

Omah gêdhèg pindhaning jiwa manira: | kaèbêgan ing swasananing Hyang Suksma.

Omah gêdhèg pêpindhaning tôndha trêsna: | rinumata têmahan môngsa awèta.

Omah gêdhèg lir manising pasrangkara: | tinrajua bobote nora sapira.

Omah gêdhèg pindhaning ati manira: | sumarawang jaba jêrone ngalela.

Omah gêdhèg pêpindhaning tanah Jawa: | omah gêdhèg sambangana, | ana gêni dèn dohêna, | ana udan payonana, | rayap sêmut rêsikana.

Omah gêdhèg ginupita | pêpindhaning urip kita: | tangèh yèn iku langgênga.

Ing Batawi, 24 Juli 1938, Kandhiyur.

Sêsorah ing Radio saking Bale Pustaka.

Benjing-enjing ing dintên Ngahad sontên tanggal 14 Agustus 1938, wanci jam 1/2 8 dumugi jam 8, Bale Pustaka ngawontênakên sêsorah ing radhio Nirom 2 golflengte 190, ing bab Kepentingan Volksalmanak oentoek Ra'jat. Ingkang mêdhar sabda Tuwan Armijn Pane.

--- [1013] ---

Pahargyan Suryawirawan

Malêm Minggu ingkang kapêngkêr, ing griya pakêmpalan ing: Gang Kênari (Batawi) dipun wontênakên pahargyan minôngka amèngêti adêging pakêmpalan Suryawirawan ing Batawi sampun jangkêp sataun.

Ing dintên Sabtu sontên, wiwit jam 5 dumugi jam 6, dipun wontênakên upacara nêtêpakên adêgipun pakêmpalan Suryawirawan wau.

Malêmipun Minggu wiwit jam 8.30, dipun wontênakên têtingalan mawarni-warni, ing saperangan agêng mitongtonakên kaprigêlanipun para wirawan mênggahing babagan sêporêt, kados ta: baris, gimnastik, pêncak, lan sasaminipun. Dene ingkang dipun pitotongnakênpitongtonakên. dening para wirawan mênggahing babagan sêporêt wau, sayêktos adamêl rêna lan marêmipun para ingkang sami mriksani. Mila nyata ing bab kaprigêlanipun para wirawan dhatêng sêporêt, pantês ingalêmbana.

Kajawi punika ing ngriku ugi mitongtonakên tonil, cêkak aos anyariyosakên, lêlampahanipun tiyang ingkang namung gadhah blônja sakêdhik, kapêksa nyakolahakên anakipun kalih wontên ing sakolah têngahan ingkang awis waragadipun, ingkang anjalari sabên wulan tansah kêkirangan kemawon, ing wusana saking judhêging manahipun, jalaran nunggak bayaran sakolah tigang wulan, tuwin dipun tagih sambutan mrika-mriki, tiyang wau lajêng nyalingkuhakên arta kantor. Sarêng kadêngangan, tiyang wau lajêng nêdya nganyut tuwuh, nanging sande jalaran kapêndhakan ing sadhèrèkipun jalêr, ingkang lajêng mitulungi arta sacêkapipun.

Wontênipun tonil wau mila sampun sae, ingatasipun namung kagladhi laminipun sawulan. Ewasamantên badhe sagêd langkung sae malih, saupami anggènipun anggladhi wau langkung dangu, tuwin suraosing tonil sagêd anocogi dhatêng wontênipun Suryawirawan.

Wontên malih têtingalan ingkang pantês dipun pèngêti ing ngriki. Inggih punika gambaraning sungkawanipun para warga Parindra tuwin Suryawirawan, dene kecalan panuntunipun swargi Radèn Dr. Sutama. Dene ingkang kapêtha wontên ing ngriku: satunggiing wirawan angangluh lan angaruara kanthi angajêngakên gambaripun swargi Dhoktêr Sutama wontên ing sacakêtipun gambaring candhi Barabudhur. Pangangluh lan pangaruaranipun wau, botên sanès kajawi anggêtuni sedanipun panuntun ingkang sangêt dipun trêsnani wau. Salajêngipun nuntên wontên tiyang angangge kêthu ijêm, jas abrit, lan calana pêthak, inggih punika pêpêthaning bandera Parindra, ingkang mèngêtakên dhatêng wirawan wau, supados sampun tansah nandhang sungkawa, nanging tumuntêna tumandang damêl, anglajêngakên punapa ingkang dados gêgayuhanipun, inggih punika ngajêngakên bôngsa lan nusa.

Saèstu prasêmon ingkang sae sangêt, langkung malih saupami dipun pitongtonakên ngêmungakên wontên ing sangajêngipun para warga Parendra. Sabab punika anggambarakên sungkawanipun para ingkang sami angsal tuntunan saking swargi Dhoktêr Sutama. Nanging sarèhne ingkang nonton wau botên sadaya para warga Parendra, punapa gunanipun susahipun piyambak kacêngèl-cêngèlakên dhatêng ing sanès. Ingkang marêmakên, dene patrapipun Suryawirawan wau tansah andêmênakakên.

--- 1014 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Angsal-angsal saking Kêkesahan.

VI.

Petruk : Kang Garèng, kowe ngandhakake mantêping atimu, dene pabrik ing Kudus sing sajak nyara Amerikah, jênêngane Jawa dêlês, miturut namane sing duwe pabrik, yaiku Tuwan Nitisêmita. Luwih-luwih yèn kowe wêruh apa sing wis diêdêgake Tuwan Nitisêmita ana ing kutha Kudus kono, bokmanawa saka gumunmu, kowe bisa kalakon banjur malompong dawa, nganti ana lalêr wilis lumêbu ing cangkêmu, kok cêplus, kokarani bangsane... klêpon.

Garèng : Wayah, rumasamu kuwi aku iki apa katon wujud baya, kathik nyaplok lalêr wilis. Dadi uwong kuwi ambok aja sawiyah-sawiyah mêngkono. Ora, Truk, apa sing wis diêdêgake dening Tuwan Nitisêmita ana ing Kudus kono, têka nganti bisa gawe gumuning wong kuwi.

Petruk : Kaya ta gêdhong gambar idhup, kang ing ngarêp sisih dhuwur ana unèn-unène: Theater Nitisêmito wah, gêdhonge mau gêdhene mono mula iya sêdhêngan tumrape ing Kudus, wujude cara Banyumase: kanjat, kathik kumplit, têgêse: perangane klas-klase ing jêrone kono wis miturut pranatan têmênan. Pêtênge yèn gambare idhup wis main, iya sêdhêngan, wis bisa agawe lêganing atine... para mudha, lanang wadon, sing nonton ing twèdhê pursêtèlêng kanthi... bêrdhuah, jun.

Garèng : Anggonmu panas atimu, sabab wis ora bisa palêsir-palêsir: bêrdhuah karo kaum pupuran sing dudu akrabe, kuwi bok tumuli dicanthèlake pagêr, ngisin-isini, Truk. Ambok yèn ana lêlakon sing kaya ngono kuwi, kok pupus bae: cikbèn, sabab wong tuwane ing sêmu ngucap: alhamdulillah, anakku payu, ana sing kasdu ngajak palêsir-palêsir. Dene bocahe wadon dhewe, têmtune iya ngucap: alhamdulillah manèh, awit uripe ora ambosêni, ana sing kanggo lêlipure. Rak iya mêngkono wong urip kuwi, ora prêlu ngopèni kalakuane wong liya. Saiki ambalèni caritamu ing bab anane: Theater Nitisêmito ing Kudus. Iki ambuktèkake yèn Tuwan Nitisêmita dudu wong bodho. Awit wong ing jaman saiki kuwi umume padha dhêmên nyang gambar idhup. Mulane panggonan-panggonane gambar idhup kuwi mêsthi narik wong nonton akèh, dadi mêsthi payune. Mulane yèn ing sajêrone kutha ana wong ngêdêgake gêdhong gambar idhup, kuwi gêdhonge mêsthi ora tau kothong, têrus langganan disewa ajêgan, apa manèh yèn nganakake gambar idhup dhewe, dhuwite mêsthi masuk têrus, kaya wong... sugih duwe gawe kae.

--- 1015 ---

Petruk : Bênêr bangêt, Kang Garèng, wong sugih, apa manèh yèn gêdhe panguwasane, sing pancène wis ora butuh dhuwit, kuwi yèn kabênêr duwe gawe, têrus mili sumbangane, Kang Garèng, kosok-baline wong mlarat, sing kanggo waragade duwe gawe prasasat sarana ngêdol gundhule, dhayohe mamring, apa manèh olèh-olèhane sumbangan... pati gêni, Kang Garèng. Nanging wis jamak lumrah ing donya kuwi, sing wis mêthuthuk, malah diumpuk-umpuk, sing wis sêtêngah wuda, dibalèjèti pisan. Saiki sing anggumunake manèh, sing diêdêgake dening Tuwan Nitisêmita yaiku: gêdhong kumidhi, kang uga jênêng: Nitisêmito, kalane aku ana ing Kudus, gêdhong kumidhi mau kanggo main: kêthoprak sêmprul, kang aran: Kridhamudha, kaya sing wis takkandhakake lagi anu kae.

Garèng : Bukti manèh yèn Tuwan Nitisêmita dudu wong bodho manèh. Awit anduwèni gêdhong kumidhi mau atêgês: narik phulus manèh, yaiku olèh-olèhane saka sewane gêdhong mau.

Petruk : Banjur Tuwan Nitisêmita uga ngêdêgake gêdhong: sêtidhio (studio), mèh saèmpêr kaya gêdhong sêtidhio duwèke N.I.R.O.M. ing Bêtawi. Kalasamono sêtidhio duwèke Tuwan Nitisêmita durung rampung babarpisan, ewasamono jarene wis ngêntèkake waragad kurang luwih f 90.000.-. Ing jêro sêtidhio kono ana papane sing kanggo mainake wayang wong, sêtambul, kêthoprak, lan sapadhane. Ana kamare sing kanggo lèngsêng-lèngsêng, kanggo main kroncong, cêkake wis komplit bangêt, minôngka kanggo ngirimake rêrungon utawa suwara-suwara apa bae, ora beda karo sêtidhio N.I.R.O.M. ing Bêtawi, lan liya panggonan sing sêtidhione pancèn gêdhe têmênan.

[Grafik]

Garèng : Mêngko sik, Truk, aku taktakon. Nèk nitik omongmu ing ngarêp, wis têtela têmênan, yèn Tuwan Nitisêmita kuwi dudu wong bodho, ngêdêgake iki, iku, ika, kuwi kabèh mau mêsthi nganggo pikiran dhua bêlas, têgêse: mêsthi nganggo dietung kanthi mêmêt kae, kaya ta: aku ambuwang samene, mêsthi olèh balèn samene. La, saiki ngêdêgake sêtidhio kang nganti puluhan ewon rêgane, kuwi gawe apa, lan apa bathine.

Petruk : Pitakonmu: ngêdêgake sêtidhio, [sêtidhi...]

--- [1016] ---

[...o,]

gèk gawe apa, iki pitakonan sing bodho, Kang Garèng. Kaya ta upamane kowe ngêdêgake utawa yasa omah, têmtune anggêr uwong rak iya ngrêti apa prêlune, yaiku: arêp diênggoni dhewe, disewakake, utawa diêdol.

Garèng : Durung karuwan, Truk, rak bisa bae wong yasa omah prêlu kanggo nyimpên... êmbok nom. Aku iya ngrêti yèn sêtidhio kuwi kanggo ngirimake rêrungon utawa unèn-unèn rupa-rupa, kaya ta suwara: pangkur, kroncong, gambus, ès lilin, lan sapadhane. Lan anane sêtidhio sing kaya ngono kuwi wis sasayahiranèki. Nanging kajaba N. I.R.O.M. sing kêna diarani putra dalêm kinasih rama gupêrmèn, kang wis andhawuhake: Sing sapa duwe radhio, diwajibake kudu nguruni mas Nirom, kuwi kabèh sêtidhio duwèking partikulir, rata-ratane padha kêna ing malariyah, dadi kadhang-kadhang iya sok gagah, nanging ajêge andharodhog. Awit waragade pancèn sathekruk têmênan. Kaya ta ngirimake: kroncong, gamêlan, gambang kromong, lan sapadhane, kuwi mung waragad thok bae, Truk. Kayadene: V.O.R.O. ing Bêtawi kuwi bae, sing wargane wis atusan, ewadene mêksa kêna dipadhakake karo: kere nganggo têni, têgêse: laire mono iya mêthènthèng bangêt, nanging batine kropos, Truk, ora liya iya saka gêdhening waragade, ing môngka kuwi waragade disôngga warga pirang-pirang atus. Aku prêcaya yèn Tuwan Natasêmita kuwi ora kurang phulus, dadi mêsthine bisa maragadi, mung bae apa ora dhuwit mung dibuwang bae. Gèk bathine bae apa.

Petruk : Sing kaya ngono kuwi tumrape kowe iya ora kalêbu nalar babarpisan. Nanging kowe ora ngrêti, yèn saakèh-akèhe wong ana ing dunya ana bae sing ngrêgani bangêt nyang arum lan misuwuring namane, kang ora eman kelangan dhuwit, lan ora wêdi rêkasa utawa kangelan, anggêre jênênge misuwur bae. Malah ing Batawi ana wanita, lo, wanita, Kang Garèng, kathik garwane wong pangkat, kuwi tanpa wêdi kangelan utawa rêkasa, tansah arêp nyêngèl-nyêngèlake awake: pênthêlos, ana ing kene, pêthuthuk ana ing kana, plênuk, ana ing liya panggonan manèh, prasaksat tanpa nganggo tèdhèng aling-aling, kuwi karêpe ora liya mung supaya... misuwur jênênge. Lain tidhak. Hla, saikine kowe aja lali, Tuwan Nitisêmita kuwi bangsane wong dagang, nganakake sêtidhio banjur ngirimake unèn-unèn lan suwara apa-apa, kang bisa dirungu ing saindênging bawana, kuwi bênêr waragade mêsthi ora sathithik, nanging jalaran sabên-sabên tansah dibêngoki: ing ngriki sêtidhio Nitisêmita, apa jênêng Nitisêmita ora banjur kasêmurupan ing wong saindênging dunya, suwe-suwe apa ora banjur tuwuh pitakonan: sapa iki, Nitisêmita. Lawas-lawas iya banjur kawêruhan ing sadunya: Nitisêmita iku sudagar rokok krètèk. Saya akèh sing sumurup mênyang rokok krètèk Nitisêmita mau, apa ora saya luwih payu. Mara, ing wusana bathine Tuwan Nitisêmita apa ora sagajah abuh.

--- 1017 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI.

Arta kêrtas dipun têdha ing rayap. Tiyang nama S. ing Marangan, Sumênêp, mêntas nampèni arta rêgining papan pasarêman saking gupêrmèn kathahipun f 34.000.-, awarni arta kêrtas. Arta wau lajêng dipun wadhahi ing blèg beskuwit. Wusana satunggiling dintên, kasumêrêpan arta kêrtas wau dipun têdha ing rayap. Wontên f 2000.- ingkang ajur babarpisan, botên katingal nomêr tuwin aksaranipun. Wontên f 6030.- ingkang taksih katingal nomêripun, sanès-sanèsipun taksih sae. Arta ingkang taksih katingal nomêripun wau lajêng kalintokakên dhatêng Javasche Bank.

Warga-warga Raad Kawula badhe darmawisata. Kawartosakên, warga-warga Raad Kawula badhe darmawisata dhatêng tanah paboyongan ing Lampung. Rancanganipun: Ing tanggal 24 Augustus bidhal saking Tanah Abang (S.S.) jam 7.56 enjing, dumugi Mêrak jam 10.40, têrus numpak kapal dhatêng Oosthaven, dumugi Oosthaven jam 4.30, sipêng wontên ing Tanjungkarang. Tanggal 25 Augustus dhatêng Sukadana, ngaso wontên pasanggrahan ing Metro. Tanggal 26 Augustus dhatêng Gêdhong Tataan, lajêng dhatêng Geesting, sontênipun bidhal saking Oosthaven numpak kapal K.P.M. Sabtu 27 dumugi Tanjungpriok.

Kongres P.P.D.P. Perkumpulan Penghulu dan Pegawainya mêntas ngawontênakên kongres ingkang kaping II wontên ing Surakarta, manggèn ing Habipraya. Kathah para agêng ingkang anjumênêngi. Utusan dalêm nata katindakakên ing K.P. Haryomataram, utusan Mangkunêgaran katindakakên dening R.Ng. Yosowidagda, Dr. Pijper (Adviseur voor inl. Zaken). Wêwakiling pakêmpalan kathah, punapadene pers. Tamu kirang langkung 1000. Wigatosing rêmbag ngangkah kamajênganing para pangulu.

Ngêthok jêmpol pêrlu ngangkah angsal arta assurantie. Raad Justitie ing Surabaya mêntas mriksa prakawisipun dakwa bangsa Walandi ing Bandung lêlawanan kalihan N.V. Fatuur Ongevallanverzekeringsmaatschappij de Nederland ing Bêtawi. Dakwa wau kasêrêg jalaran saking njarag ngêthok jêmpolipun kangge ngangkah supados angsal arta assurantie kathahipun f 20.000,-. Nanging tindakipun wau dipun samarakên dening kantor assurantie, lajêng dados prakawis. Miturut papriksan kathah kêwiyaking wêwados wau. Papriksan dèrèng rampung.

Pohung mawa racun. Ing dhusun Kokap, Ngayogya, wontên tiyang 4 sami tiwas jalaran nêdha pohung. Wontên malih lare satunggal ingkang sakit, inggih jalaran nêdha pohung, salajêngipun dipun upakara wontên ing griya sakit Watês.

Pamulangan Luhur Pangadilan. Lulus candidaatsexamen perangan kapisan, tuwan-tuwan P. Anwar Hakim, Slamêt Pradoto, Gan Sing Tjwan, R.J. Schreual, Liam Kiem An tuwin R.S.I. Jayadiningrat.

Extra trein Pasar Gambir. Salêbêtipun wontên pasar Gambir, S.S. ngawonatênakên sêpur mirunggan, ing tanggal 3 Sèptèmbêr, bidhal saking Bandung jam 2.57. Tanggal 4 wontên sêpur saking Bêtawi, bidhal saking Bêtawi Koningsplein jam 2 tuwin jam 2.15. Wontêning sêpur mirunggan punika saking ada-adanipun Preanger Administratie en Incasso Kantoor ing Bandung.

Dr. R.M. Suratman Erwin. Wontên wartos, Dr. R.M. Suratman Erwin ing Surakarta badhe pindhah dhatêng Bandung, nyambutdamêl ing gemeente.

Utusan Inl. Politie Bond. Dumuginipun sapunika warganing Inl. Politie Bond sampun anggadhahi warga 13.000. Ing bab punika wontên raosan, benjing dintên dhawahing paargyan jumênêngan nata 40 taun, pakêmpalan wau badhe ngawontênakên utusan dhatêng nagari Walandi, ngunjukakên kasugêngan dhatêng Sri Bagendha Maharaja Putri. Dene ingkang dipun pilih R. Kahar Kusman Sosrodanukusumo, Inspecteur van politie 1e kl. Pangarsa H.B. I.P.B. ing Bêtawi.

Ngindhaki cacahing Ind. Veearts. Miturut dhawuh saking Veeartsenijkundige Dienst ing Bêtawi, ing kitha-kitha kabupatèn Jawi Kilèn ingkang dèrèng wontên dhoktêripun kewan tiyang siti (Ind. Veearts), badhe dipun wontêni.

[Iklan]

Perasaan Kita. Miturut pawartos saking Directie tuwin Administratie ariwarti Perasaan Kita, mratelakakên bilih jalaran saking wontêning ewah-ewahan tatanan, wiwit tanggal 11 Augustus punika wêdaling ariwarti botên kawêdalakên sawatawis dintên; tatanan wau gêgayutan kalihan pindhahing kantor, pangêcapan tuwin sanès-sanèsipun; ing sasagêd-sagêg kaangkah Perasaan Kita tumuntên mêdal malih; mila para lêngganan dipun aturi nyabarakên.

Cacahipun tiyang ingkang gadhah radio. Miturut wartos, dumugining wulan Juni kêpêngkêr, cacahipun tiyang ingkang gadhah radio ing tanah ngriki wontên 64.000. Kala wêkasaning wulan makatên taun 1937 wontên 48.500. Dados indhakipun wontên 15.000.

Boyongan golongan pangajaran. Pakêmpalan M.M.P.P. sarêmbag kalihan Kolonisatieraad nêtêpakên panuntun golongan pangajaran bangsa tiyang siti, ingkang dipun pilih Tuwan Darsosêntono, tilas adjunct Landbouwconsulent, ingkang sapunika dados guru Taman Siswa ing Bêtawi. Golongan ingkang badhe bidhal dhatêng papan paboyongan wontên 20, kanthi pambantu 100 kulawarga, sami asli saking Jawi Têngah tuwin Jawi Wetan. Papan ingkang badhe dipun ênggèni kaprênah saêlèr lèpèn Way Sekampung, têbihipun saking Gêdhong Tataan wontên 2 km. Ingkang badhe dipun tanêm ingriku tanêman ingkang pamêdalipun dados padagangan. Ugi nanêm pantun, nanging botên kangge baku.

Pênyu agêng. Ing Kêdhung Karseng, ing lèpèn Madiun, bawah Ngawi, pinanggih wontên pênyunipun agêng, panjang 57 cm, wiyar 40 cm. Miturut wujud, pênyu wau sampun kawak sangêt. Pênyu wau botên ajrih kalihan tiyang , asring dhedhe wontên ing pinggir lèpèn, dipun tingali ing tiyang kathah. Dèrèng dangu pênyu wau dipun jala, jalanipun malah katut dipun bêkta ing pênyu, tiyang ingkang anjala botên kuwawi nyêmbadani.

Malaria ing Tanjungpriok. Miturut petangan, wontênipun têtiyang katrajang sêsakit malawira ing Tanjungpriok wiwit Januari dumugi Juli taun punika wontên 614, kala taun kêpêngkêr pêpetangan makatên wontên 516. Cacahipun ingkang tiwas miturut pêpetangan wau, ing taun punika 410, taun kêpêngkêr 216.

--- 1018 ---

Sociteit Habiproyo botên ambayar pajêg radio. Wontên wartos, sociteit Habiproyo botên ambayar pajêg radio. Ing sapunika dados papriksan ingkang kathah ubat-ubêtipun.

Pikramèn agung. Benjing wulan Bêsar ngajêng punika, awit saking kaparêng dalêm sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta, badhe mikramèkakên putra dalêm kêkalih tuwin putri dalêm gangsal. Putra dalêm kêkalih wau 1. G.P. Angabèi, 2. B.P.H. Puruboyo. Putrinipun calon mantu dalêm 1. B.R.Aj. Hutakirun, putri têtilaran dalêm K.G.P. Hadipati Anom, 2. R.Aj. Mardusari putrinipun G.P.H. Tejokusumo. Dene ingkang badhe angsal tariman putri dalêm gangsal, 1. B.P.H. Cakraningrat, putranipun suwargi K.G.P. Hadipati Anom, 2. K.R.T. Condrodiningrat putranipun G.P.H. Tejokusumo, 3. K.R.T. Purwodiningrat, putranipun suwargi K.R.T. Wiroguno, 4. K.R.T. Kusumodiningrat, putranipun pêpatih dalêm sapunika tuwin 5. K.R.T. Purbosêputro, putranipun B.P.H. Suryodiningrat.

Pasar malêm ing Kudus. Kawartosakên, wiwit benjing tanggal 30 Augustus dumugi tanggal 10 Sèptèmbêr 1938, ing Kudus wontên pasar malêm.

Prabeya têtumpakan ing Mêkah. Miturut wartos ingkang dipun tampi ing Adviseur voor Inl. Zaken saking Konsul Walandi ing Jedah, prabeyaning tumpakan tumrap tiyang minggah kaji ing taun sapunika dipun indhakakên sakêdhik. Tumrap unta, kala taun kêpêngkêr sabên tiyang satunggal 14 paun, autobus 16 paun 4 real 11 ½ qursy tuwin touring-atuo 22 paun 4 real 11 ½ qursy. Dene ing wêkdal sapunika, unta tumrap tiyang satunggal 14 paun 13 ½ real, autobus 17 paun 14 real 11 ½ qursy tuwin touring-auto 24 paun 9 real 11 ½ qursy. Tumrap lare langkungipun umur 4 taun bayar 1/2 . Ing taun kêpêngkêr, tumrap lare ingkang katêtêpakên bayar wiwit umur 5 dumugi 10 taun. Indhaking prabeya wau, jalaran gupêrmèn Arab Saudi ngintên bilih ing taun punika cacahing tiyang minggah kaji suda tinimbang ing taun kêpêngkêr.

Tataning pangangge golongan pulisi. Kasêbut ing sêrat dhawuh, tumrap ing golongan pulisi, wiwit pangkat inggil sapangandhap, ing sajawining nindakakên padamêlan, botên dipun wajibakên mangangge panganggening pulisi, ugi kenging mangangge makatên, nanging kêdah tumindak kados manawi nindakakên padamêlan nagari.

Sadhiyan pantun ing tanah Jawi. Parentah tansah migatosakên dhatêng babagan pantun ing tanah Jawi, saha wontên raosipun bilih ing tanah Jawi badhe kêkirangan uwos. Ingkang punika nagari kaparêng amanjangakên palilah lêbêting wos saking Sumatra dhatêng tanah Jawi.

NAGARI WALANDI.

Panjênêngan Sultan Deli. Miturut wartos saking Amsterdam, panjênêngan Sultan Deli saèstu dipun bêdhèl tingalipun, pinanggih sae. Para dhoktêr sami bingah. Kintên-kintên salêbêting saminggu sampun sênggang.

Kêbêsmèn ing Seminaria. Seminaria agêng (pamulangan luhur calon guru agami) ing Risjsenburg kêbêsmi ngantos têlas-têlasan. Namung tumrap barang-barang ingkang wigatos, sagêd kêtulungan kanthi rêkaos. Ing wêkdal punika para mahaguru tuwin mahasiswa nuju sami liburan.

[Iklan]

Angsal-angsalanipun kapal Karimata. Pangêrukipun kapal Karimata angsal arta mas. Ingriku dipun kintên sampun lêrês ing papan ingkang dipun padosi. Kajawi punika ugi manggihakên arta ringgitan Sepanyol tuwin mriyêm-mriyêm ingkang panjangipun 2½ m.

Kasangsaran motor. Ing Assen mêntas kawontênakên balapan motor, têtiyang ingkang ningali kirang-langkung wontên 70.000. Ingriku wontên motor ingkang dipun lampahakên dening Konijnenberg kêcêmplung ing kalèn, wilujêng, namung motoripun lajêng nyrudug têtiyang ningali, wontên ingkang nandhang tatu rêkaos 1 tatu mayar 2.

EROPA.

Jerman kêkirangan bêrah. Ingajêng ing Jerman misuwur kathahipun tiyang angguran. Nanging ing sapunika malah kêkirangan bêrah. Ing salêbêtipun wulan Juni kêpêngkêr wontên lowongan padamêlan 310.000 panggenan. Kala wulan makatên taun kêpêngkêr namung wontên lowongan 30.000.

--- 1019 ---

Wêwaosan

Anakipun Tarsan.

Pêpiridan saking buku karanganipun Edgar Rice Burroughs.

7

Sarêng Polwic mangrêtos, bilih lare jalêr ingkang dhatêng ing pondhokanipun punika botên sanès kajawi anakipun Tarsan, piyambakipun lajêng ngêrêmakên mripatipun. Ing ngriku piyambakipun wiwit anggambarakên wontên ing angên-angên, kapisanipun sumêrêp Tarsan. Ing manahipun ingkang sampun kirang lêrês jalaran saking kathahing sangsara ingkang dipun lampahi, saking sakêdhik lajêng tuwuh kanêpson nêdya malês awon dhatêng Tarsan. Mila sampun dados tôndha yêkti tumraping tiyang ingkang ringkih ing sadayanipun, utawi tiyang ingkang awon manahipun, manawi amanggih sangsara utawi kacilakan, punika sok lajêng anglêpatakên dhatêng tiyang sanès, kajêngipun: anggèning manggih sangsara utawi kacilakan wau, botên angrumaosi jalaran saking lêpatipun piyambak, nanging saking pandamêlipun tiyang sanès. Makatên ugi mênggahing Polwic, anggènipun piyambakipun tuwin Rokop, botên sagêd kadumugèn sêdyanipun ingkang sayêktos awon tumraping sasami-sami, nanging lajêng dhawah sangsara, punika miturut pamanggihipun Polwic, botên sanès kajawi saking pandamêlipun Tarsan wau.

Ing sakawit anggènipun Polwic badhe malês awon dhatêng Tarsan, alias Lodgrèstuk, punika sarana amêjahi anakipun, nanging danguning-dangu kamanah kados langkung sae, manawi anakipun wau namung kangge sarana anggènipun nêdya malês ukum dhatêng Tarsan. Ing ngriku Polwic lajêng nyariyosakên mênggah lêlampahanipun Tarsan nalika wontên ing wana gung ing tanah Aprikah, makatên ugi Jak inggih nyariyosakên lêlampahanipun piyambak kanthi botên sêmang-sêmang, anggènipun tiyang sêpuhipun botên amarêngakên Jak ningali mainipun kêthèk bangkokan wontên ing sirkus, malah badhe ningali kêbon binatang kemawon mêksa botên kenging. Jalaran ingkang makatên punika Polwic inggih lajêng mangrêtos, bilih tiyang sêpuhipun Jak tansah nguwatosakên kemawon manawi watakipun Tarsan anggèning rêmên gêsang wontên wana lajêng tumular dhatêng putranipun, inggih pun Jak wau.

Wiwit punika Polwic lajêng ngojok-ojoki, supados Jak asring tuwi ing pondhokanipun. Dene manawi Jak dhatêng ing ngriku, Polwic tansah anggambarakên sae tuwin sênêngipun gêsang wontên ing salêbêtipun wana gung. Mênggah kajêngipun, supados Jak saya dangu saya sangêt kapenginipun gêsang wontên ing wana sêsarêngan kalihan sato kewan kadosdene ramanipun ing kala rumiyin. Salajêngipun manawi Jak dhatêng ing ngriku malih dening Polwic asring dipun tilar piyambakan kalihan kêthèk bangkokan. Botên watawis dangu, ingkang adamêl gumunipun Polwic, dene Jak lajêng enggal mangrêtos dhatêng ginêmipun kêthèk bangkokan. Malah sakêdhik-sakêdhik sagêd migunakakên basanipun ingkang sakalangkung prasaja punika.

Salaminipun punika Lodgrèstuk ugi asring nuwèni Polwic. Ing sêmu Sang Lod kapenging sangêt mundhut kêthèk bangkokan wau. Ing wusana Lodgrèstuk lajêng ngandika blaka dhatêng Polwic, bilih anggènipun daya-daya kapengin mundhut kêthèk bangkokan wau, botên ngêmungakên kagungan krêsa supados Akut sagêda kawangsulakên dhatêng wana gung ing Aprikah malih, nanging sajatosipun kadêrêng saking krêsanipun ingkang garwa, ingkang tansah kuwatos, bilih putranipun ing têmbe lajêng sumêrêp wontên ing pundi pondhokanipun kêthèk bangkokan punika, lan jalaran saking rêmênipun dhatêng kêthèk bangkokan, ing wusana watakipun ingkang rama lajêng sagêd nular dhatêng putranipun, ingkang kadadosanipun ing têmbe tamtu sagêd ambêbayani.

Mirêng dhawuhipun Lodgrèstuk ingkang makatên punika, Polwic mèh kemawon botên sagêd ngampêt èsêmipun, awit, botên ngêmungakên putranipun asring dhatêng ing pondhokanipun, malah dèrèng watawis satêngah jam, putranipun wau mêntas rêrêmbagan rame kalihan Akut, kanthi migunakakên basa kêthèk bangkokan.

Salêbêtipun Polwic rêrêmbagan kalihan Lodgrèstuk, ing batos piyambakipun sampun manggih akal minôngka kangge malês ukum dhatêng Tarsan. Ingkang punika Polwic lajêng sagah nyade kêthèk bangkokan, nanging kanthi rêrêgèn ingkang awis sangêt. Kajawi punika, ing têmbe sasampunipun nampi artanipun wau, piyambakipun inggih sagah ambêkta kêthèk bangkokan dhatêng ing baita, ingkang kalih dintên malih badhe bidhal saking palabuhan Dhopêr dhatêng Aprikah. Dene anggènipun Polwic lajêng angêculakên kêthèk bangkokan wau, sayêktosipun gadhah pikajêng kalih warni, ingkang kapisan, inggih punika anggènipun badhe tampi arta kathah punika. Awit sasampunipun kêthèk bangkokan pinanggih kalihan Tarsan, salajêngipun nuntên botên purun [pu...]

--- 1020 ---

[...run] malih ngatingalakên kasagêdanipun kados ingkang sampun-sampun, ingkang anjalari Polwic lajêng botên angsal kauntungan malih kados ing suwaunipun. Ing ngriku kadosdene kêthèk bangkokan anggènipun purun mitongtonakên kasagêdanipun wau, supados sagêda dipun tongton dening tiyang maèwu-èwu, ingkang lajêng anggampilakên anggènipun pinanggih dhatêng tiyang ingkang dipun padosi, nanging sarêng tiyang ingkang dipun padosi sampun pinanggih, inggih botên wontên gunanipun malih kangelan mitongtonakên kasagêdanipun wau. Awit pikajêngipun ing sakawit sampun kalêksanan. Rekadayanipun juru mainakên kêthèk, murih Akut wau puruna main malih kados ingkang sampun-sampun, inggih botên kainan, ewasamantên kêthèk bangkokan mêksa ambêgêgêg botên purun. Sapisan juru mainakên nêdya angrodapêksa dhatêng Akut, nanging kadadosanipun, mèh kemawon juru mainakên kêthèk wau manggih bilai. Tujunipun ing kala punika kalêrêsan Lodgrèstuk lumêbêt ing ngriku, ingkang anjalari kêthèk bangkokan kaslimur manahipun, sarta sande anggènipun badhe ngêrêg dhatêng juru mainakên wau.

Mênggah nyatanipun, anggèning Polwic nêdya nyade kêthèk bangkokan, punika botên namung jalaran ambêtahakên arta kemawon, ugi jalaran saking kêpenginipun malês ukum dhatêng Tarsan. Awit saya dangu anggènipun anggagas mênggahing sangsaraning gêsangipun, tumrap Polwic saya cêtha, bilih sadaya wau botên sanès kajawi jalaran saking pandamêlipun Tarsan. Langkung-langkung sarêng Ayak botên purun main malih, punika mênggah rumaosipun Polwic, inggih Tarsan ingkang wajib dipun lêpatakên. Amila piyambakipun tanpa kèndêl anggènipun tansah ngupados rekadaya kadospundi anggènipun nêdya malês ukum dhatêng Tarsan, ingkang samangke pêparab: Jonkleton Lodgrèstuk.

Dhêdhasaring watakipun Polwic ingkang pancèn awon, jalaran saking sudaning pikiranipun, punapadene jalaran saking dangunipun anggèning nglampahi sangsara, punika sampun têmtu lajêng saya wêwah awonipun. Ing salajêngipun Polwic lajêng manggih rancangan kadospundi cara-caranipun anggènipun badhe malês ukum dhatêng Tarsan. Rancanganipun wau pancèn julig sangêt, lan botên pisan-pisan nelakakên, bilih pikiranipun sampun kirang. Awit sarana nyade tuwin mangsulakên kêthèk bangkokan dhatêng tanah Aprikah wau, ingkang kapisan, piyambakipun têmtu badhe dados tiyang cêkap jalaran saking angsal-angsalanipun arta saking Lodgrèstuk. Ingkang kaping kalih, nêdya mrêjaya putranipun jalêr, inggih punika: Jak, ingkang sakalangkung dipun sihi dening tiyang sêpuhipun punika, nanging caranipun amêjahi wau sarana lampah sandi, ingkang sagêd anjalari tiyang supados gadhaha pangintên, bilih pêjahipun lare punika saking pandamêlipun kêthèk bangkokan.

Kadosdene binantu ing setan, ingkang dipun sêdyakakên ing Polwic wau têka jinurungan. Dene mênggah larah-larahipun makatên:

Kalêrêsan ing satunggiling dintên Jak mirêng dhawuhipun ingkang rama dhatêng ingkang ibu, ing bab anggènipun badhe mangsulakên Akut dhatêng wana ing Aprikah malih. Jak lajêng ngarih-arih dhatêng ingkang rama, supados Akut kaingah ing dalêm ngriku minôngka kangge dolananipun. Ingkang rama pancènipun makatên botên kawratan, nanging ingkang ibu ingkang botên anyondhongi babar pisan. Jak ugi lajêng ngrintih dhatêng ingkang ibu supados anglilanana kêthèk bangkokan dados dolananipun, nanging ingkang ibu mêksa botên amarêngakên. Ing ngriku katingalipun Jak lajêng narimah dhatêng krêsanipun ingkang ibu, inggih punika Akut kawangsulakên dhatêng Aprikah, dene Jak piyambak dipun sêkolahakên ing sanès panggenan, sarta kapondhokakên ing ngriku.

Ing dintên punika Jak ing sêmu botên gadhah sêdya nuwèni ing pondhokanipun Polwic, nanging ing kala punika sanès ingkang dipun tindakakên, inggih punika: ing sarèhning sabên dintênipun Jak punika dening tiyang sêpuhipun dipun paringi arta kathah, ing môngka Jak mila botên rêmên ambucal arta ingkang tanpa tônja, mila arta paringan wau dipun kalêmpakakên. Salajêngipun dumugining dintên wau klêmpaking arta sampun atusan rupiyah kathahipun.

Enjingipun sarêng ingkang rama sampun kondur saking anggènipun tindakan dhatêng ing pondhokanipun Polwic prêlu ngrêmbag ing bab anggèning badhe mangsulakên Akut dhatêng Aprikah, Jak lajêng enggal-enggal dhatêng pondhokanipun Polwic. Ing sarèhning piyambakipun botên mangrêtos mênggah wêwatêkanipun tiyang Rus wau ing salêrês-lêrêsipun, piyambakipun inggih lajêng ajrih badhe nyariyosakên punapa ingkang dados sêdyanipun, kuwatos bilih tiyang wau botên amung botên purun ambiyantu kemawon, nanging sagêd ugi lajêng madulakên sadaya dhatêng ingkang rama. Amila piyambakipun ngêmungakên lajêng nyuwun dhatêng Polwic supados dipun lilani ngêtêrakên Ayak dhatêng ing palabuhan Dhopêr. Miturut cariyosipun, tumrapipun tiyang sêpuh kadosdene Polwic, ngêtêrakên kêthèk bangkokan dhatêng Dhopêr wau, kados badhe sayah sangêt, kajawi punika manawi Polwic suka palilah piyambakipun ngêtêrakên Ayak wau, badhe dipun sukani arta ingkang botên sakêdhik. Badhe kasambêtan.

--- [1021] ---

Ôngka 66, Rê Wa, 20 Jumadilakir Jimawal 1869, 17 Agustus 1938, Taun XIII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f. 1.50,- Bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Prancis - Tiyang Bacillendrager Sampun 20 Taun Nêmbe Konangan - Darma Wisata - Marsudi Gêndhing Jawi - Kawontênan Sajawining Praja - Angsal-angsal saking Kêkesahan - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.

--- 1022 ---

Bab Kasarasan

Tiyang Bacillendrager Sampun 20 Taun Nêmbe Konangan.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 62.

Ingkang sampun kalampahan lan ajêg ing nagari Inggris utawi sanèsipun, sadaya tiyang utawi punggawa (personeel), langkung-langkung ingkang nyambut damêl gêpokan toya ing waterleiding bedrijf kêdah dipun priksa kasarasaning badanipun (geneeskundigekeuring). Tiyang ingkang kirang kiyat, lan tiyang ingkang gadhah sêsakit nular, kados ta dysenterie utawi typhus, botên kenging babarpisan nyambut damêl ing ngriku, awit wisa utawi baksilipun sêsakit-sêsakit wau gêsangipun subur wontên ing toya.

Sarèhning wêkdal andandosi pompa installatie lan saubêngipun panggenan pompa wau dipun tandangi tiyang 18 namung salêbêtipun sawatawis minggu sagêd rampung, tur angsalipun tiyang kuli wau pancèn kangelan sangêt, dados rumaosipun Ingenieur ingkang kuwaos ing waterleiding bedrijf punika inggih botên nguwaosi yèn ta kuli-kuli wau nandangana padamêlan ing ngriku.

Sarêng sampun thukul pagêbluk sêsakit typhus ing kitha C. ingkang têtiyangipun ngangge toya saking tuk Ad. ngriku wau, nêmbe sadaya tiyang utawi kuli-kuli ingkang nyambut damêl ing panggenan pompa wau kapriksa dening dhoktêr, pinanggih salah satunggalipun kuli wau gadhah utawi ngandhut baksil typhus ing sêsukêr lan ing êrahipun, nanging tiyang wau botên kraos lan botên rumaos gadhah sêsakit punapa-punapa. Dhoktêripun lajêng ngudi punapa kulawarganipun utawi tiyang sanès ingkang kêmpal sagriya kalihan piyambakipun wontên ingkang sakit typhus. Aturipun kuli wau, yèn ing griyanipun ing wêkdal punika botên wontên tiyang ingkang sakit, nanging dipun èngêt-èngêt ing wêkdal pêrang agêng ing taun 1916-1917 piyambakipun nate kêmpal sapondhokan (sagriya) kalihan tiyang sanèsipun ingkang sami nyambut damêl ing kitha Londhon, ing wêkdal samantên wontên kancanipun ingkang sakit typhus piyambakipun tumut anjagi lan mulasara, amargi ing wêkdal punika nuju pêpêrangan agêng, tiyang ingkang sakit wau mèh botên karimatan utawi botên kapulasara ingkang lêrês dening verpleegster, awit kathah sangêt têtanggêlanipun anjagi têtiyang sakit, murih katulungan dening dhoktêr ngantos saras utawi wilujêng.

Tiyang kuli ingkang anjagi kancanipun ingkang sakit typhus ing taun 1917 wau, têmtunipun sampun katularan sêsakitipun typhus ugi, nanging rèhning badanipun pancèn kiyat, sanajan wisa (baksilipun) typhus sampun nular utawi mlêbêt ing êrahipun, tiyang wau sêsakitipun botên sagêd thukul, namung sampun ngandhut baksilipun typhus lan nama bacillendrager, kados ingkang sampun asring kula andharakên wontên ing Kajawèn ngriki.

Bacillendrager wiwit taun 1917 wusana ing taun 1937 sarêng kuli wau kapriksa êrah lan sêsukêripun [sêsu...]

--- [1023] ---

[...kêripun] pinanggih utawi konangan baksilipun typhus, dados ing salêbêtipun 1937-1917 = 20 taun tiyang bacillendrager wau botên kraos sakit punapa-punapa, nanging baksilipun taksih sagêd nular dhatêng toya, salajêngipun toya ingkang sampun ngandhut baksil punika, yèn kangge ngombe utawi sanèsipun dening tiyang kathah, inggih sagêd nular sêsakitipun dhatêng têtiyang ingkang saras, saha lajêng sagêd dados pagêblug punika.

Dene ing panggenan waterleiding bedrijf ingkang agêng lan kathah punggawanipun, botên kajagi ngantos sagêd anjalari thukulipun pagêblug sêsakit ingkang ambêbayani makatên punika. Manut saking lapuripun inspecteur dhoktêr, pangagêngipun dhoktêr botên tampi lapuripun kêpala utawi ingenieur-ipun waterleiding wau, yèn ing ngriku dipun dandosi lan anggènipun nawa toyanipun dipun kèndêli. Upami pangagênging dhoktêr pirsa yèn tuking toya waterleiding (bron Ad.) badhe dipun dandosi makatên, têmtunipun nagari dhawuh supados toya waterleiding wau dipun tutup sanalika, ing kitha C. ngriku tampi toya saking sanèsipun waterleiding.

Sagêdipun konangan yèn toya saking tuk Ad. ingkang damêl sakitipun tiyang kathah ing kitha C wau, jalaran tiyang nama R. ing kitha ngriku ugi anakipun tumut katrajang sêsakit punika ngantos dados tiwasipun, sarêng pinanggih thukulipun sêsakit typhus wau botên sanès inggih saking toya waterleiding Ad. punika, sanalika ugi toya ing ngriku lajêng dipun tawa malih, nanging sêsakitipun sampun anrajang tiyang pintên-pintên, dados sampun kasèp.

[Iklan]

Dene bab nanggulangi sêsakit typhus punika kula sampun asring ngandharakên ing ngriki, inggih punika:

1. Têtiyang ingkang saras sami dipun suntik vaccin typhus,

2. Sasagêd-sagêd toya ombèn kêdah dipun godhog, têtêdhan ingkang mêntah, wowohan, janganan (sayuran) dipun cêlup utawi dipun siram toya umob ingkang radin, tuwin

3. Ingkang sakit dipun pulasara kapisah kalihan têtiyang sanès (isoleern) botên kenging gêpokan kalihan tiyang ingkang saras, kajawi Verpleegster, panganggènipun ingkang sakit ingkang badhe dipun kumbah dipun siram utawi dipun kum toya umob utawi creolin rumiyin, sêsukêripun dipun siram creolin ing sadèrèngipun dipun bucal.

R. Sumadirja.

Ind. Art. Sêmarang.

--- 1024 ---

Pèngêtan Pahargyan Jumênêng Nata 40 Taun

Benjing tanggal 6 Sèptèmbêr ngajêng punika Sri Bagendha Maharaja Putri Wilhèlminah badhe dipun pèngêti jumênêng dalêm nata têtêp 40 taun. Ing dintên wau ing saindêngipun nagari Walandi tuwin tanah ngriki kawontênakên pahargyan. Makatên ugi tumrap Bale Pustaka ugi mahargya adhapur ngêdalakên buku pèngêtan.

Buku wau isi 64 kaca, karanganipun para ahli tuwin misuwur ing asma, kados ta panjênênganipun Pangeran Ahmad Jayadiningrat, tuwin sanès-sanèsipun. Dalancangipun sae, rinêngga ing gambar.

Buku wau ugi kakintunakên dhatêng para lêngganan Kajawèn.

Dados sintên ingkang lêngganan Kajawèn, wiwit sapunika, badhe nguningani adi endahing buku wau, saha nguningani kawontênanipun ing nagari Walandi tuwin tanah ngriki.

Mila ingkang dèrèng lêngganan Kajawèn, lajêng mrêlokna lêngganan.

Darma Wisata

Nêm wulan sapriki pakêmpalan Purnama ing Têmanggung ngrêmbag ngadani darmawisata dhatêng Bêtawi. Purnama punika pakêmpalanipun para guru ing kitha ngriku ingkang namung nêngênakên dhatêng babagan bêbrayan gêsang. Darmawisata nêmbe kalampahan nalika tanggal kaping 23 dumugi 27 wulan Juli 1938 ngangge bis A.M. Java. Ingkang sami tumut botên namung sadhèrèk guru ing Têmanggung kemawon, ugi sadhèrèk guru Banjarnagara, Salaman tuwin Kuthaarja. Gunggung sadhèrèk 30, putri 12, kakung18.

Mangkat dintên Sêtu enjing jam 5.15 mêdal Magêlang, Purwarêja, Kuthaarja mangilèn Banyumas, Majênang, Banjar dumugi Bandhung. Lampahan 440 km, dhatêng jam 7 sontên wontên ngajêng mêsjid Bandhung kapêthuk Tuwan Sungaji. Kula sadaya lajêng kairid dhatêng crubgeboubouw Tirta Kêntjana Toenggal ing Djalan Tjikawau. Sadhèrèk putri sami kapondhokakên ing dalêmipun Tuwan Sarpin.

Sasampunipun ngaso sami dhatêng sêtidhio Vorl., dhatêng H.I.S. Pasoendan. Ing wêkdal punika nglêrêsi konggrès Perempoean Indonesia ingkang kaping 3. Wontên ing ngriku katêrangakên babadipun Vorl. dening Tuwan Sungaji sarta kadospundi caranipun kintun swara.

Dintên Ngahad enjing jam 8.30 dhatêng Landskoepok Inrichting en Instituut Pasteur katampi dening salah satunggiling dhoktêr bôngsa tiyang siti. Kasêgah kadospundi lan damêlipun cacar wiwit saking katanêm wontên ing kulit wêtêng gudèl, perangan têngên ngantos dumugi pangisinipun wontên ing buis. Papan kangge ngrêsiki sèrêm, damêl paksèn kolera, nanêm baksil pès, tetanês, dhiptêri. Nangkarakên tikus pêthak, caranipun mêndhêt wisa, lan nanêm wisa sagawon edan.

Rampung gêdhong Instituut Pasteur lajêng mubêng-mubêng ing kitha ningali Jubileum-park, Dierentuin langkung ngajêng gêdhong [gê...]

--- 1025 ---

[...dhong] T.H.S., papan Jaarbeurs tuwin gêdhong Departement van Oorlog.

[Iklan]

Jam 2. 30 pangkat dhatêng Bogor mêdal Cimahi, Padhalarang, Cianjur, Sindhanglaya, puncak. Inggilipun 1480 m saking lumahing sagantên. Dumugi ing Bogor jam 7 sontên. Dumugi ngriki gunggung sampun 591 km, sêsawangan wiwit saking Banjar ngantos dumugi Bogor kathah ingkang asri lan angrêsêpakên. Wontên Bogor kula sadaya katampi dening sadhèrèk P.N.S. pang ngriku, wontên ing H.I.S. Pasundhan Hospitaalweg no. 6 dipun pangajêngi Tuwan Soekardi.

Dintên Sênèn jam 9 enjing ningali Zoologisch Moseum tuwin kêbonraja. Tumrapipun kula sadaya sumêrêp kewan ingkang katingalipun kados taksih gêsang, punika namung sami mlongo, punapa malih sumêrêp raganganipun ulam ingkang panjangipun ngantos 27 m.

Jam 1 siyang ningali pabrik ban Goodyear. Swaraning mêsin binarung swaraning cithakan ban montor kados ambêdhah-bêdhahna kêndhangan kuping. Tiyang ginêman kamirêngan namung lamat-lamat, hawa ing pabrik ingkang kêbak walirang ngantos bunêk. Racak ingkang nyambut damêl sami katingal cêmêng botên namung sandhanganipun kemawon, dalasan pakulitanipun, amargi katutupan ing awu walirang. Badhe kasambêtan.

Pêr.

--- 1026 ---

Kagunan Jawi

Marsudi Gêndhing Jawi.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 64.

Pola ôngka 2.

Irama kadamêl sarèh.

[Notasi]

Manawi badhe dipun dhawahakên, sasampunipun N3 lajêng nuthuk

[Notasi]

Pola ôngka 3

Gd. Srikêrtarta ingkang sampun minggah

[Notasi]

Gd. Genjunggoling lr. sl. pt. sanga.

Irama kadamêl sêsêg, nama Genjunggoling lômba.

Pola ôngka 1.

[Notasi]

Pola ôngka 2.

Irama kadamêl sarèh.

[Notasi]

--- 1027 ---

[Notasi]

Manawi badhe dipun dhawahakên, sasampunipun N3 lajêng nuthuk

[Notasi]

Gd. Genjunggoling ingkang sampun minggah.

[Notasi]

Badhe kasambêtan.

R.Ng. Pringgaardana.

[Iklan]

--- 1028 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan Sajawining Praja.

Ruslan kalihan Jêpan badhe rukun.

Pasulayanipun Ruslan kalihan Jêpan punika kenging dipun wastani namung siwilanipun paprangan ing Tiongkok, nanging sakalangkung ngêgèt, malah lajêng kasamarakên manawi dados jalaraning paprangan agêng.

[Grafik]

Stalin.

Sêsulakipun Jêpan lajêng badhe ngajak rukun kalihan Ruslan, lumantar saking pangagênging babagan prakawis sajawining praja, Litwinof, nanging katingalipun Litwinof botên migatosakên. Dene senapatining paprangan, Blucher, malah saya sêrêng dhatêng Jêpan, mêmpêng anggèning andhawahi bom tuwin granat. Miturut wartos, dèrèng nate wontên golongan motor mabur ingkang kathahipun kados wadya gêgana Ruslan punika. Mêntas wontên ingkang kalangan wontên sanginggilipun Koreah ngantos satus iji, adamêl girisipun ingkang sami sumêrêp.

Witing pasulayanipun nagari kêkalih wau jalaran saking rêbatan watês ing rêdi Cangkupèng, amargi sami anggadhahi kawigatosan, nanging pangraosipun ingkang sami pasulayan, ingkang sampun wujud paprangan punika, sanadyan kathah pêpêjah, dèrèng dipun anggêp paprangan. Namung tumrap golongan Ruslan, wontên sêsulakipun anggèning sulaya pamanggih dhatêng babagan punika, inggih punika tumrap Blucher kalihan Stalin. Stalin nêdya rukun, dene Blucher botên. Nanging ugi wontên wartos andorakakên, awit nyatanipun bab rêmbag rêbatan watês, taksih sami adrêng kalihan cukêng.

Nanging sarèhning Jêpan punika kêkiyatanipun sampun wutah wontên Tiongkok, saupami gadhah tindak sêrêng yêktos dhatêng Ruslan, inggih sampun cape. Ing wusana lajêng wontên wartos, Litwinof kalihan Shigemitsu sampun rukun yêktos. Salajêngipun badhe ngawontênakên komisi mariksa tapêl watês.

Mênggah kawigatosaning rêdi Cangkupèng tuwin Saotsaoping, punika dados aling-alingipun salah satunggal, dados pundi ingkang nguwaosi, lajêng anggadhahi têtamèng, môngka tumrapipunn nagari kêkalih wau tansah lirik-lirikan kemawon.

--- 1029 ---

Kumrincinging dêdamêl Jêrman.

Ing jagad punika wontênipun namung badhe rame, kados ta kawontênanipun ing Eropah, ing sakawit pinanggih sampun têntrêm, nanging sarêng pasulayanipun Jêpan kalihan Ruslan pinanggih rukun, Jêrman lajêng katingal anggèning siaga dêdamêl.

Miturut wartos, ing sapunika Jêrman ngiyatakên dêdamêl wontên ing watês sisih kilèn tuwin sisih kidul, mêwahi margi-margi, prêlu kangge jagi-jagi manawi wontên paprangan. Para kuli tuwin tukang sami kapurih nyambut damêl wontên ing watês, ingkang prêlunipun inggih kangge ngiyatakên watês wau. Dèrèng dangu Goering nêtêpakên pranatan enggal, sawarnining bôngsa Jêrman, botên pilih tataran, kêdah eklas samôngsa wontên dhawuhing parentah pindhah dhatêng sanès panggenan. Ing bab punika sampun pinanggih nyatanipun.

Kathah kuli-kuli ingkang sawêg sami nyambut damêl ngêdêgakên griya, lajêng enggal-enggal kapurih nyêlaki watês, tumut tumandang adamêl bètèng. Pangangkahipun Jêrman badhe damêl bètèng ingkang kêkiyatanipun, apês anyamèni bètèng-bètèng Prancis, ing sacêlakipun watês sisih wetan.

Tindakipun Jêrman wau damêl kasamaraning ngakathah amargi Jêrman badhe ngawontênakên ajar-ajaran pêrang, sawarnining tiyang partikêlir ingkang dados saradhadhu andhungan kêdah tumut. Samôngsa wontên paprangan, cacahing wadya Jêrman, inggih sacacahing saradhadhu ingkang sami ajar pêrang-pêrangan wau.

Môngka miturut ucapipun Jêrman, manawi prakawis Jêrman Sudhètên dèrèng rampung salêbêtipun wulan Sèptèmbêr ngajêng punika, Jêrman wajib tumindak pados margi piyambak. Ing sapunika Runciman sampun wiwit tumindak ing damêl. Miturut sêratipun ingkang tumuju dhatêng Chamberlain, kathah pangajêng-ajêngipun sagêd ngrukunakên ngrika-ngriki. Wontên wartos malih Runciman kêdah nitipriksa kawontênanipun ekonomi Tsjecko Slawakije, supados sagêd ambiyantu nagari wau kanthi lampah ekonomi. Kacariyos, Amerikah tuwin prancis badhe tumut ambiyantu bab punika.

[Grafik]

Jendral Genrich Samoikovitch ingkang oncat saking Rus wetan dhatêng laladan Jêpan, jalaran kuwatos badhe kaprajaya saking pakènipun Stalin. Sapunika wontên ing Tokio, saha ngwêdharakên ing bab wêwadosipun tiyang Rus dhatêng tiyang Jêpan.

[Grafik]

Litwinoff

Miturut wartos, Inggris botên nyamarakên dhatêng tindakipun Jêrman wau, nanging kosok-wangsulipun, Jêrman sampun napsu manawi nagari sanès inggih nyantosakakên wadyabalanipun.

Manawi miturut wartos ing sêrat kabar Prancis, tindakipun Jêrman punika namung prêlu kangge ngajrih-ajrihi Tsjecko Slawakije, Inggris tuwin Prancis.

Tumrap Itali ing sapunika sampun nêtêpakên ing damêl dhatêng para upsir andhungan.

--- 1030 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Angsal-angsal saking kêkesahan.

VII.

Garèng : Nèk takpikir mungguhing katêranganamu ing bab Tuwan Nitisêmita yasa sêtidhio murih namane saya kawêruhan ing wong akèh, lan saya arum gandane, lan karêpe ora liya mung supaya barang dêdagangane saya payu, lo, kuwi kok akèh bênêre, Truk. Tur nèk miturut panêmuku, pancèn iya cocog karo jamane. Jaman saiki kiyi jamane: dhuwit kuwasa, dadi iya jamane: manusa kudu ngaji-aji nyang dhuwit. Tumrape jaman saiki kok ana uwong ngêmohi nyang dhuwit, tak tanggung, Truk, sabên uwong mêsthi ngarani: wong bodho, apês ambalêbês iya diarani: wong kurang jangkêp pikirane. Jalaran saiki jamane wong ngaji-aji nyang dhuwit, sabanjure sabên uwong iya banjur diwajibake kudu ngudi golèk dhuwit, malah sawênèh ana bae sing ora mrêduli, apa lakune halal utawa haram, pathokake asal: phulus masuk. Mulane aku iya ora gumun, yèn ing jaman saiki kiyi ana lêlakon sing nyêbal pathokan, kaya ta ing jaman biyèn, lumrahe wong liya sing sok rêrasan mangkene upamane: wah, dèn ayu anu utawa dèn rara anu kae kok le ayu, le pintêr lan sapanunggalane, dadi sing ngabarake aliyas sing ngreklamêkake: ayu lan pintêre mau, wong liya, nanging ing jaman saiki:... slirane dhewe, Truk.

Petruk : Wayah, le ora mèmpêr kowe kuwi, Kang Garèng, ngêndi ana wanita ngreklamêkake ayu lan pintêre.

Garèng : Hla wong kowe ora tau nênitèni, Truk, Truk, hla nèk nyang pasamuwan, ambok kok titèni, andak ora akèh bae wanita sing mondar-mandir mlayu mrana mlayu mrene, karo le ngomong disêrok-sêrokake: nit, mênir-ya wèl ya wèl- hi, hi, hi, turlêg turlêg. Mara, iki apa ora prasaksat angreklamêkake awake: sawangên aku, rungokna omongku, pintêr ora, pintêr ora aku. Banjur, Truk, ana ing pasamuwan, ora mung dikayang bae anggone dandan, malah digawe ngêgèt, kaya ta: klambi digawe modhèl sing pating jêmpalik, gêlung singgaran, alis dicukur anjêlarit, pipi lambe didubangi, apa iki ora prasaksat anjaluk supaya digatèkake nyang wong akèh: sawangên aku, sawangên, sawangên, ayu ora, ayu ora aku.

Petruk : Yah, kuwi rak mung omongmu dhewe bae, Kang Garèng, nèk sanyatane ora kaya ngono. Kowe kuwi rak wong kuna, Kang Garèng, mulane iya ora ngrêti nyang cara modhèrên, dandaning wanita kaya sing kok kandhakake kuwi mau, cara modhèrên, Kang Garèng. Dadi iya ora beda karo wong lanang sing wis tuwa-tuwa [tuwa-...]

--- [1031] ---

[...tuwa] cukuran brêngos kae, kuwi ora kok jalaran brêngose wis akèh sing putih, nanging cara modhèrên, Kang Garèng, cara modhèrên. Nanging dudu bab kiyi sing lagi dirêmbug, mulane saiki aku tak ambanjurake manèh dongèngku ing ngarêp. Ana ing kudus, Kang Garèng, dening ndara dhoktêr sakalihan, aku kêtêlu diajak mêdhayoh nyang dalême Tuwan Nitisêmita, nanging ing kala samono: sayang adhuh dhisayang, Kang Garèng, Tuwan Nitisêmita kabênêr ora nang dalêm. Ewasamono iya ora ana alangane, yèn kene arêp andêlêng dalême mau. Wah, Kang Garèng, dalême sinawang saka ing ngarêp, cara Banyumase mula iya katon sêmangêr bangêt. Aku migunakake têmbung sêmangêr, awit têmbung biasa sing: cêsplêng, ora ana. Têmbung sêmangêr iku sanyatane duwe têgês: bêcik, brêgas, ngêngrêng, asri, diborong dadi siji. Ing sarèhne aku mung bisa andêlêng pêndhapane bae, dadi aku ora bisa ngarani, apa ing jêrone têrus bêcik lan rêsik gêmrining, apa iya lêthêng lan jênês. Awit omahe bangsane dhewe kuwi lumrahe sok pêndhapane bae sing katon mlèsdrèng, nanging ing jêro, apa manèh ing buri, biasane wong sok kudu têrus pithêt irung.

Garèng : Hus, wong sêmbrana. Anggone omahe bangsane dhewe ing jêro, apa manèh ing buri, sok kurang rêsik, nganti lumrahe banjur lêthêng gandanira, kuwi saka ora kobêre, utawa saka ora duwene, dadi ora bisa ngingu uwong sing dikon rêsik-rêsik. Nanging nèk dalême Tuwan Nitisêmita, wong iya dalême priyayi abôndha-abandhu, tan tanggung, Truk, mêsthi kincling-kincling kaya gêndul, lan mêling-mêling kaya gêlas, sakujur, Truk.

[Grafik]

Petruk : Wayah, kaya badan diunèkake: sakujur. Ora Kang Garèng, bokmanawa panêmumu kuwi mau iya bênêr. Awit saka kono, kene banjur madhayoh ing dalême putrane mantu sing tuwa dhewe, iya iku Tuwan Karmain. Kene diirit karo sing kagungan dalêm, nonton dalême nganti têkan ing papan sing: rusiyah-rusiyah pisan, kabèh nyata katon rêsik gêmrining.

Garèng : Kuwi ora kêna dipaido, Truk, wong iya duwe dhuwit, bisa bayar wong-wong sing gawe rêsik omahe. Beda karo wong kaya kowe aku kiyi, ora kobêr, Truk, bisane gawe rêsik, iya gawe rêsik omahe... tanggane.

Petruk : Wayah, apa niyat nayab. Ana [A...]

--- 1032 ---

[...na] ing dalême Tuwan Karmain kono, anggone kene padha lêlungguhan nganti sajam luwih, Kang Garèng.

Garèng : Mêngko sik, mêngko sik, Truk, aku tak takon. Saora-orane Tuwan Karmain kuwi, putrane mantu Tuwan Nitisêmita, mêsthine iya dudu bangsane wong sing sok anggadhèkake, nanging cêkak aos, mêsthi wong sugih, lo, kuwi patrape nyang: ndara dhoktêr sakalihan, lan kowe kêtêlu, kêpriye, apa iya cara lumrahe wong sugih kae, sing sok duwe pikiran: aku sugih dhuwit, aku kuwasa, ndara priyayi-priyayi sing nguwasani kene, apa manèh priyayi-priyayi liya, mêsthi wêdi karo aku, sabab... dhuwitku mau. Sabanjure tandang tanduke iya mung... andêlêng langit bae...

Petruk : Karêpmu apa, saka ladake jalaran sugih dhuwit mau, banjur langganan andhangak bae. Kang Garèng, sabênêre ing sakawit aku pancèn iya duwe pikiran: wong iya sugih, iya mèmpêr bae saupama banjur ladak lan dhiri, sabab lumrahe wong sugih kuwi sok duwe pikiran, sarana dhuwite mau, arêp apa bae mêsthi bisa tinurutan. Nanging barêng aku madhayoh ana ing dalême Tuwan Karmain mau, atiku rumasa kapranan têmênan. Tangkêpe lanang wadon nyang aku kabèh mau, anggone: andhap-asor, sêmrèsèh, sêmanak, rêmakêt, cêkake: andêmênakake bangêt, ora beda karo wong lumrah kae, ora pisan-pisan katon: ladak utawa dhiri, malah kene disuguh barang. Sakuwise pamitan karo Tuwan Karmain sakalihan, kanthi anglairake panuwun, kene banjur plêsir nyang omah prau, duwèke salah siji hartawan ing Kudus kono. Omah iki ora diênggoni, wujude kaya prau gêdhe.

Garèng : Dhuwit ora kanggo, main dibuwang-buwang bae, sayang-sayang sêribu sayang- japuh.

Petruk : Saupama diunèkake dhuwit dibuwang-buwang tanpa tônja, iya mula ana bênêre, ewasamono mêksa iya ana bêcike, Kang Garèng, kang kapisan kanggo tontonan, dadi iya kanggo sênêng-sênêng, lan kang kaping pindho, yèn ana grombolaning uwong darmawisata nyang Kudus, bisa mondhok ing omah kono kanthi gratis, Kang Garèng. Malah ing cêdhak kono iya ana papane kanggo main tènis, Kang Garèng.

Garèng : Papan main tènis, wèh, para sudagar Kudus kathik modhèrên têmênan. Ingatase sudagar, ora mung nglumpukake dhuwit thok, nanging kadhangkala iya gêlêm ambuwang, awit main tènis kuwi waragade rak akèh, Truk.

Petruk : Papan tènis sing takkandhakake mau, ora marakake ambuwang dhuwit, malah dadi asil, awit ing kala samono diênggo... ngêpe cêngkèh sing bakal diênggo bumbu rokok.

Garèng : Salaman, Truk, salaman, tak karèt omongku ing ngarêp, yèn para sudagar ing Kudus dhêmên ambuwang dhuwit kang tanpa tônja.

--- 1033 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI.

Tatanan balanja punggawa O.J.S. tuwin S.J.S. Wêwakiling Zustermaatschappijen mêntas pêpanggihan kalihan Hoofd Personeele Zaken S.S. Ingriku ngawontênakên rêmbag ingkang wosipun nayogyani tumraping punggawa O.J.S. tuwin S.J.S. balanjanipun dipun samèkakên kalihan punggawa S.S.

Mr. R.A. Surioadiningrat. Mr. R. Abdulwahab Surioadiningrat, putranipun ingkang Bupati Grêsik suwargi, wêdalan saking Universiteit ing Leiden, sampun dumugi ing tanah ngriki, lajêng sinau babagan padamêlan pangrèh praja, kabantokakên dhatêng Bupati Probolinggo.

Archbold expeditie. Gupêrnur tanah Maluku mêntas rawuh papriksa dhatêng Hollandia. Ingriku dipun paargya jogèd Papua. Pangajênging Archbold expeditie ugi manggihi, kanthi ngaturakên katrangan ing bab lampah-lampahipun. Kala punika Dr. Toxopeus wontên ing talaga Habbema, Meier Drees wontên ing lèpèn Idenburg. Kaptin Teerlink kanthi andhahanipun bidhal saking talaga Habbema mangalèr, litnan Van Arcken saking lèpèn Idenburg mangidul. Palêrêban têtêp manggèn ing talaga Habbema tuwin lèpèn Idenburg. Ing tanggal 6 Augustus wontên kintunan têtêdhan kadhawahakên saking motor mabur.

Ngajal wontên ing sêpur. Sampun sawatawis dintên, sêpur kilat ingkang saking ing Surabaya, sadumugining margi antawis Klathèn-Ngayogya, wontên nyonyah Walandi nama K. pinanggih ngajal wontên salêbêting grêbong klas 2. Nyonyah wau badhe wangsul mantuk dhatêng Bandung, mêntas tuwi anakipun ingkang gêgriya ing Surakarta. Kasumêrêpanipun manawi ngajal, kala condecteur nuju mriksa karcis. Dene ngajalipun kakintên jalaran saking hartverlamming. Sadumugining Tugu, mayit kaandhapakên, kabêkta dhatêng Petronella Hospitaal, pêrlu katitipriksa.

Malaria ing Jawi Wetan. Jalaran saking kathahing jawah ing mangsa punika, ing Jawi Wetan tuwuh sêsakit malaria. Dene ingkang langkung kathah ing Bojonegoro, Bangil tuwin Sidoharjo. Salêbêtipun satêngah taun kêpêngkêr, têlasing kenine ingkang dipun têdhakakên têtiyang ingriku wontên 75 kothak, sakothakipun isi 25.000 iji, rêgi f 13.000.-

Dados warga pangrèh Java-Instituut. K.G.P.A.A. Prabu Suyodilogo, pangagênging Praja Pakualaman, Ngayogya, katêtêpakên jumênêng warga pangrèh Java-Instituut.

Pakêmpalan Jaarmarkt ing Ngayogya. Wontên wartos, pakêmpalan Jaarmarkt ing Ngayogya badhe kabibarakên. Pakêmpalan wau gadhah arta f 27.000.-

Majênging pakaryan tênun. Miturut katrangan, ing salêbêtipun 6 taun kawontênaning pakaryan tênun mindhakipun enggal sangêt. Kala taun 1930 namung 237 tênunan tangan. Taun 1936 sampun mindhak dados 11.994. Taun punika sampun dados 25.000. Mêsin tênun ing taun 1930 dèrèng wontên, sapunika sampun 4500. Ing Surakarta ing taun 1931 wontên 48, taun 1937 dados 200. Taun 1934, mêsin tênun namung 1, wêkasaning taun 1937 wontên 228. Pamêdalipun ing taun 1937 kirang langkung f 6.194.000, waragadipun f 1.291.000.-

Padamêlan juru basa ing karajan Jawi. Miturut wartos, manawi padamêlan juru basa ing tanah karajan Jawi Surakarta tuwin Ngayogyakarta pancèn nyata kathah gêgayutanipun kalihan pangrèh praja, parentah badhe anggalih kalêbêtakên dhatêng wêwêngkon Departement Pangrèhpraja, botên dhatêng Departement Justitie.

Ganjaran-ganjaran tumrap para ingkang mirsani pasar malêm. Benjing pasar malêm pèngêtan adêging karaton Surakarta, sabên tiyang ningali karcisipun mawi nomêr, ingkang lajêng kacocogakên kadosdene loterij. Ingriku mawi kagantungan ganjaran saking: S.E.M. kenging ngangge urub lestrik lêlahanan. Velodrome, numpak auto lêlahanan saking Surakarta dhatêng Sarangan wongsal-wangsul. P.T.T. kenging tilpun dhatêng nagari Walandi lêlahanan. S.S. tuwin N.I.S. kesahan numpak sêpur lêlahanan. Waterleiding, kenging siram lêlahanan wontên ing pasiraman tuwin ngangge toya ombèn lêlahanan.

[Iklan]

Mulo dhêdhasar basa tiyang siti. Dumuginipun sapunika, Mulo ingkang dhêdhasar basa tiyang siti ingkang sampun tumindak sawêg ing Ngayogyakarta, angsal arta pambiyantu saking parentah, tuwin ing Surakarta, botên angsal arta pitulungan saking parentah, nanging wontên wartos badhe angsal. Wiwit tanggal 1 Augustus punika ugi wontên bikakan ing Palembang, Mulo Gupêrmèn. Makatên ugi Bandung, mawi angsal arta pambiyantu saking gupêrmèn.

Bank tani ing Sragèn. Awit saking ada-adanipun Economische commissie karajan Surakarta ing laladan Sragèn, benjing salêbêtipun wulan Sèptèmbêr ngajêng punika badhe ngêdêgakên bank tani cacah 30 panggenan, ing bawah dhistrik kitha 20 tuwin bawah distrkdhistrik. Gondhang 10. Ing sabên bank wontên ingkang tumindak ing damêl piyambak-piyambak, dipun apèn-apèni kêpala dhusun. Dene ingkang tumindak niti Central Cooperatie Parindra ing Sragèn.

Kaparêngakên nêmpuh pandadaran. R.M.Ng. Condrowiryono, asistèn wêdana Karangmalang, Sragèn, kaparêngakên nêmpuh pandadaran malêbêt sinau dhatêng Bestuursacademie.

Badhe ngèndêli ngintunakên têtiyang dhatêng papan paboyongan. Wontên wartos, pangintunipun têtiyang tani bangsa Jawi dhatêng tanah paboyongan badhe dipun kèndêli. Ingkang badhe kakintunakên namung kantun sakêdhik, dhatêng Bêlitang, inggih punika ing tapêl watês Lampung kalihan Palembang. Sadaya gunggungipun sampun wontên 9000 brayat, isi kirang-langkung 32.000 jiwa.

Bangsa Sunda ingkang boyongan sakawit. Limrahipun tumrap bangsa Sunda punika botên rêmên malêbêt dhatêng tanah paboyongan. Nanging sapunika sampun wiwit wontên, inggih punika saking Majalêngka 81, saking Cirêbon 170 tuwin saking Kuningan 208. Ing kala bidhalipun dipun jumênêngi ing Tuwan Residhèn Cirêbon, Bupati Cirêbon, Bupati Majalêngka, Bupati Kuningan tuwin Asistèn Residhèn Cirêbon wontên ing station.

--- 1034 ---

Film 40 taun. Benjing dhawahing dintên paargyan jumênêngan nata 40 taun, ing tanah ngriki pintên-pintên panggenan badhe kapitongtonakên film lêlampahan ing salêbêtipun 40 taun. Film wau ing sadèrèngipun kapitongtonakên umum, badhe dipun mainakên wontên ing pura dalêm kangjêng tuwan ingkang wicaksana rumiyin.

Paargyan ing Malang. Benjing paargyan mèngêti jumênêng nata 40 taun, gemeente ing Malang badhe ambiyantu waragad f 2500.- dhatêng paargyan ingkang dipun tindakakên ing parentah. Kajawi badhe nyukani arta dhatêng pêkir miskin f 1900.-.

Ariwarti enggal. Handel Mij. Hing Boen ing Bêtawi gadhah sêdya badhe ngêdalakên ariwarti apawitan f 100.000.-. Arta ingkang sampun ngalêmpak wontên f 23.000.-. Ariwarti wau basa Malayu nama Hong Po. Mêdalipun wiwit tanggal 1 Januari 1939. Ingkang dados directeur Tuwan Tjiong Pek Sam.

[Grafik]

Kêbêsmèn ing pêkên. Wulan ingkang kêpêngkêr ing pêkên Sampit, Borneo, wontên bêbaya latu ambêsmi toko-toko punapadene griya los ing pêkên ngriku ingkang pawartosipun kapitunanipun kataksir f 60.000. Inginggil punika gambaripun panggenan kêbêsmèn ingkang sampun rêmuk dados awu.

Darmawisata dhatêng Singapura. Benjing tanggal 26 December 1938 dumugi tanggal 7 Januari 1939, Sin Tit Po ing Surabaya badhe ngawontênakên golongan darmawisata dhatêng Singapuran, Penang, Medan, Brastagi tuwin talaga Toba, kanthi nyewa kapal K.P.M. Melchior Treub. Inggah-andhapipun para darmawisata wontên Bêtawi. Ingajêng Sin Tit Po sampun nate ngawontênakên darmawisata dhatêng Bali, warganipun wontên 200, pinanggih nyênêngakên, mila lajêng badhe ngawontênakên darmawisata malih punika.

Pamulangan luhur dhoktêr. Lulus doctoraalexamen perangan kapisan Tuwan-tuwan R. Grahita Prawirasudirjo, Kristap, Liem Khik Kiong, Sie Hok Liang tuwin W. Suradi.

Sakit jalaran nêdha sêle. Ing Taosebio, Bêtawi, wontên lare bangsa Tionghoa cacah 6 sami sakit wêtêng nuntak wawratan saha lajêng sami dipun bêkta dhatêng C.B.Z. Sarêng dipun titipriksa, lare-lare ingkang sami sakit wau jalaran saking sami nêdha roti mawi sêle, asli tumbas saking tiyang sêsadean. Bab punika lajêng dados pariksan pulisi.

Manggih sumbêr lisah pèt. Wontên wartos, ing dhusun Pringkasap, bawah Jatibarang, B.P.M. manggihakên sumbêr lisah pèt. Miturut papriksan, sumbêr wau sagêd ngêdalakên lisah kathah. Ing salajêngipun ing kiwa-têngênipun ngriku taksih dipun titiprksatitipriksa. dening tiyang ahli, saha ing sacêlakipun ngriku sampun dipun dêgi griya gêdhong.

Niti glêpung gaplèk wêdalan tanah ngriki. Laboratorium ing Bêtawi nindakakên papriksan glêpung gaplèk ingkang dipun kintunakên saking tanah ngriki dhatêng tanah ngamanca, amargi glêpung wau asring dipun mori ampas. Wontênipun dipun titi, amargi cara makatên wau badhe nyuda pêpajênganing glêpung saking tanah ngriki, wêkasan mêjahi padagangan.

Pindhah nama. Karna alias Karnawardaya, kêpala guru pamulangan angka kalih ing Kêdungwuri, Kabupatèn Pêkalongan, kaparêngakên pindhah nama Karna alias Dwija-Sudarma.

Pamulangan luhur pangadilan. Lulus candidaatsexamen perangan kalih, nonah Tjen Pau Pui, Tuwan-tuwan Thio Tjiong Tho, Th. S.T. Gouw, P. Sarjono, Yap King Tik tuwin Amir Mahzah.

Têtêp dados arts. Têtêp dados arts tuwan-tuwan Sudarsono tuwin M. Ismangil Wiryobudiharjo.

Mr. Supomo. Wontên wartos, bilih Mr. Supomo, Voorzitter Landraad ing Ngayogya badhe anggêntosi Prof. Mr. B. Terhaar ing Pamulangan Luhur Pangadilan, ingkang badhe verlof dhatêng nagari Walandi.

Tatanan ing kantor Kapatihan Surakarta. B.K.P. Haryomataram, inspecteur Rijksfinancien, kapindhah dados Kashouder Rijkskas. Ingkang nyêntèg dados inspecteur R.M.T. Ruwiyo Purwodipuro. Katêtêpakên dados adj. Inspecteur Mr. Sumardi Kartowinoto, Mr. R.M. Widodo Sastrodiningrat, kabantokakên pangagêng afd. C. departement B.B. tuwin Justitie.

Padamêlan guru ing Purwodadi. Maryani guru bantu, Nitiwiyata guru bantu, katêtêpakên nyambutdamêl wontên vervolgschool ing Purwodadi. Suwardi, kêpala guru, Sumantri Cakrasudibya, guru bantu, Maryasa al. Pujasewaya, guru bantu, Mahmud, guru bantu, sami katêtêpakên nyambutdamêl wontên Vervolgschool ing Purwodadi. P. Suteja al. Tejasukisma, kêpala guru ing Vervolgschool Têmanggung, kapindhah dhatêng Purwodadi I.R. Pujo al. Pujodiharjo guru Vervolgschool ing Purwodadi, kapindhah dhatêng Tawangharjo.

Pabrik mêrcon ing Rêmbang. Ingajêng kawartosakên bilih kuli-kuli pabrik mêrcon ing Rêmbang katingal mindhak, amargi epahanipun dipun indhaki 40%, tuwin têtiyang ingkang gêgriya têbih, mangkat mantuk dipun tumpakakên opêlèt. Ing sapunika têtiyang ingkang nêdha padamêlan byuk-byukan. Bêtahipun têtiyang ing pabrik wontên 2000. Rumiyinipun têtiyang ingriku sami botên purun nyambutdamêl, jalaran ajrih saking mastani, bilih griya ingriku punika angkêr.

Bupati Magêtan. R. Suryo, wadana ing Porong, katêtêpakên dados bupati ing Magêtan, angsal sêsêbutan tumênggung.

NAGARI WALANDI.

Kapal kêruk Karimata. Tumindaking kapal kêruk Karimata sampun madosi ing wêwêngkon ingkang têbanipun 100 m pasagi. Kapal kêruk wau mêntas angsal arta mas satunggal tuwin èrloji satunggal. Kajawi punika angsal arta ringgit Inggris, arta ringgit Sepanyol, bênik tangan sarakit, dom bundhêl têmbagi. Sadaya wau asli gadhahanipun kapal Lutine.

Paargyan jumênêng nata 40 taun. Miturut wartos saking Den Haag, benjing tanggal 29 wulan punika badhe kawontênakên baris agêng, minangka pèngêtan jumênêng nata Sri Bagendha Maharaja Putri 40 taun nguwaosi wadyabala dharatan tuwin lautan. Ingkang baris wontên tiyang 12.000.

Sultan Pontianak sampun dumugi nagari Walandi. Tindakipun Sultan Pontianak sampun dumugi nagari Walandi, dipun papag kaptin adjudant Romswinckel, atas asma dalêm Sri Bagendha Maharaja Putri, tuwin Tuwan Petrus Blomberger atas namanipun minister jajahan.

ASIA.

Kêbêsmèn ing Manilla. Ing Manilla mêntas wontên kêbêsmèn agêng-agêngan ing pakampungan miskin, griya ingkang kêbêsmi 1000 wuwung, cacahing tiyang ingkang kecalan pangauban 8000, kapitunanipun 40.000 pondsterling. Kajawi punika wontên kêbêsmèn malih, nêlasakên sapratiganing griya sakitha San Pueblo, ambêsmi griyaning para tiyang kêcêkapan, griya gêdhong nagari, pêkên kitha tuwin sanès-sanèsipun. Kapitunanipun 250.000 pondsterling.

Papan anggêgana Jêpan. Miturut wartos, pangagêng-pangagêng anggêgana Jêpan badhe damêl papan anggêgana ingkang agêng piyambak ing sadonya wontên ing Tokio. Jêmbaring papan anggêgana wau tikêl 3 tinimbang papan anggêgana Jerman ing Tempelhof, tuwin tikêl 4 tinimbang papan anggêgana Prancis ing Le Bourget.

Kapal pêrang Siam. Pabrik kapal ing Kawasaki, ing Kobe, Jêpan, sampun ambabar kapal pêrang wêlingan saking Siam, kapal pêrang wau nama Bhonburi, agêngipun 2265 ton. Kapal pêrang wau sampun dipun pasrahakên dhatêng wêwakil Praja Siam Phya Sri Kena. Kintên benjing wulan Sèptèmbêr ngajêng punika bidhal dhatêng Bangkok.

--- 1035 ---

Wêwaosan

Anakipun Tarsan.

Pêpiridan saking buku karanganipun Edgar Rice Burroughs.

8

Salajêngipun Jak wicantên makatên: Ing sarèhning ing dintên punika kalêrês kula kêdah bidhal numpak sêpur dhatêng kitha sanès prêlu badhe anglajêngakên sêkolah kula, kados botên wontên kuwatosipun, bilih anggèn kula ngêtêrakên Ayak dhatêng palabuhan punika badhe konangan. Ing ngriku mangke, sasampunipun kula minggah ing sêpur sarta ingkang ngêtêrakên kula sampun sami wangsul, kula lajêng badhe enggal-enggal mriki. Salajêngipun kula ingkang badhe nguntapakên, Ayak dhatêng palabuhan ing Dhopêr. Manawi sampun, sawêg kula bidhal dhatêng sêkolahan, dados dhatêng kula wontên ing sêkolahan, namung kasèp sadintên. Kados-kados botên wontên tiyang ingkang badhe sumêrêp, lan ugi botên wontên tiyang ingkang badhe kapitunan, tur sadèrèngipun kula pêpisahan ing salami-laminipun, kula sagêd kêmpal kalihan Ayak ngantos sadintên.

Mênggah panêdhanipun Jak ingkang makatên wau, sayêktosipun anocogi kalihan punapa ingkang dipun sêdyakakên dening Polwic. Nanging saupami ing sadèrèngipun Polwic wau sumêrêp punapa ingkang dipun kajêngakên dening Jak ingkang salugunipun, bokmanawi rancanganipun anggèning badhe malês ukum dhatêng Tarsan tumuntên dipun sandèkakên, kosok-wangsulipun Polwic têmtu malah lajêng ambiyantu yêyêktosan, murih sêdyanipun Jak wau sagêd kalêksanan. Awit tumrap anggènipun badhe malês ukum Tarsan, cara ingkang makatên punika langkung titis katimbang rancanganipun piyambak.

Ing dintên ingkang sampun katêmtokakên wau, Lod tuwin Lèdhi Grèstuk nguntapakên ingkang putra: Jak, dhatêng sêtatsiun, ingkang lajêng kapapanakên wontên ing klas I. Ing sarèhning ing kala punika kapambêng wontên prêlu sanès, dumadakan Lod tuwin Lèdhi Grèstuk wau botên sagêd ngêntosi ngantos sêpur ingkang dipun tumpaki putranipun pangkat, nanging lajêng tumuntên kondur. Ingkang makatên punika mila ingkang dados pangajêng-ajêngipun Jak. Sawêg kemawon ingkang rama tuwin ingkang ibu mêdal saking sêtatsiun, Jak lajêng enggal-enggal nyandhak kopêripun sarta mandhap saking sêpur. Wontên ing sajawining sêtatsiun, Jak lajêng numpak kreta sewan nuju ing pondhokanipun Polwic. Kala dumuginipun ing ngriku sampun wanci sêrap. Ing wêkdal punika ing sêmu Polwic ingkang sampun sawatawis dangu ngêntosi dhatêngipun Jak, kadosdene tiyang bingung, tansah lumampah wongsal-wangsul wontên ing kamaripun. Ing kala punika kêthèk bangkokan dipun cancang mawi tangsul kiyat sangêt. Sasumêrêpipun Jak, sawêg sapisan punika Ayak dipun tangsuli kêncêng makatên punika. Amila Jak inggih lajêng tansah nyawang dhatêng Polwic kadosdene badhe pitakèn, punapaa têka Ayak kacancang kêncêng makatên punika. Ing ngriku Polwic garundêlan kalihan anêrangakên dhatêng Jak: anggènipun kêthèk bangkokan dipun cancang wau, awit ing sêmu Ayak mangrêtos, bilih badhe kawangsulakên dhatêng Aprikah. Piyambakipun lajêng kuwatos, manawi Ayak wau lajêng minggat.

Nalika Jak lumêbêt kamaripun Polwic, tiyang Rus sêpuh punika nyêpêngi tangsul sanès ingkang pungkasanipun mawi kala, ingkang tansah namung kangge dolanan kemawon. Rainipun ingkang pating bocèl namung tansah prêngat-prêngut, tur botên kèndêl anggènipun garundêlan. Kajawi punika piyambakipun botên kobêr linggih, ngêmungakên lumampah wongsal-wangsul kemawon. Jak salaminipun dèrèng nate sumêrêp Polwic sêmu bingung kados makatên punika, jalaran ingkang makatên wau, Jak inggih lajêng botên têntrêm manahipun. Ing wusana Polwic lajêng ngadêg ing pojoking kamar, têbih saking cancanganing kêthèk bangkokan, sarta lajêng wicantên dhatêng Jak makatên:

Cobi sampeyan mriki, lajêng kula wulang carane nangsuli kêthèk bangkokan manawane ontên margi ajêng bôngga.

Jak amangsuli: Kados ingkang makatên punika botên prêlu. Kula pitados, yèn Ayak têmtu badhe nurut kemawon dhatêng sadaya prentah kula.

Polwic anggêdrug-gêdrug ing siti sajak nêpsu, sarta wicantên: Sampeyan mriki ta, nèk sampeyan botên miturut napa kajêng kula, sampeyan botên kêna ngêtêrake Ayak têng palabuhan Dhopêr. Sabab kula botên purun nanggêl, yèn mangke Ayak nganti sagêd ucul.

Kalayan mèsêm Jak murugi Polwic sarta lajêng ngadêg ing sangajêngipun.

Polwic wicantên malih: Cobi samangke sampeyan mungkur, supayane kula sagêd nyukani tuladha anggène nyancang Ayak kanthi rikat.

--- 1036 ---

Jak mituruti prentahipun Polwic, dalasan kapurih ambônda tangan kemawon inggih botên suwala. Sanalika punika kalaning tangsul ujug-ujug kaslobokakên ing tangan kalih pisan, ingkang lajêng kaêrut kêncêng sangêt.

Sarêng Jak sampun dipun bônda kêncêng, patrapipun Polwic lajêng malih babarpisan. Jak ujug-ujug kabalikakên, kajegal sukunipun, sarta kajorogakên ngantos dhawah ngathang-ngathang wontên ing siti. Salajêngipun Polwic mêncolot, angêbruki ing dhadhanipun Jak. Kêthèk bangkokan ingkang kacancang, gêrêng-gêrêng sarta nrancag nêdya mêdhot tangsulipun. Jak tanpa anjêrit lan tanpa ngangluh. Watak ingkang makatên punika, sajak katurunan saking watakipun Tarsan, ingkang salami-laminipun, wiwit dipun upakara dening biyungipun pek-pekan ingkang nama Kala, inggih punika kêthèk bangkokan èstri, ngantos jumênêng dados Lod tansah wontên ing salêbêtipun bêbayaya,bêbaya. lan botên nate jêrit-jêrit utawi ngrêsula nêdha tulung dhatêng ing liyan. Awit mangrêtos, bilih tiyang sanès sampun botên badhe suka pitulungan ingkang yêktos.

Salajêngipun Polwic nyandhak kalamênjingipun Jak nêdya katêkêk. Glêgêsan sajak ngerang-erang Polwic ngumbar suwara makatên.

Bapakmu sing gawe cilaka nyang aku, nganti aku kaya mêngkene iki. Saiki bapakmu cikbèn ngrasakake. Yèn dhèwèke têka mrene, pangirane mêsthi iki panggawene kêthèk bangkokan, kang taktinggal lunga sadhela, dumadakan kowe banjur lumêbu mrene. Sakala kono kowe banjur dipatèni dening kêthèk bangkokan, mayitmu bakal takgalethakake ing papan paturon kono, ya kuwi sawise tak têkêk nganti ilang nyawamu. Lan yèn bapakmu wêruh kêthèk bangkokan isih lungguh ana ing kono mêsthine ora bakal anduwèni pandakwa liya, kajaba kêthèk bangkokan kuwi sing matèni. Sasampunipun cariyos makatên wau, Polwic lajêng gumujêng, sarta panêkêkipun saya dipun kiyati.

Ing wingkingipun tanpa kêndhat anggènipun kêthèk bangkokan tansah nrancag-nrancag ngudi pêdhoting tangsulipun. Dene Jak piyambak, rainipun saya pucêt-pucêt, nanging tanpa nyuwara sakêcap-kêcapa, ing polatanipun botên katingal, bilih piyambakipun ajrih utawi samar badhe dumuginipun ing tiwas. Ing ngriku Polwic saya kêncêng panêkêkipun. Saya dangu saya rêkaos anggènipun Jak badhe ambêkan. Ayak taksah nrancag-nrancag nêdya mêdhot tangsulipun. Ing wusana kêthèk bangkokan dhatêng ambalikajêngakên papan patilêman, tangsul ingkang kangge nyancang lajêng kagulung ing tanganipun, salajêngipun lajêng katarik sarosanipun, ingkang botên dangu lajêng nyuwara cêmêthor kadosdene kajêng tugêl, tangsul wau lajêng pêdhot.

Mirêng suwara cêmêthor wau, Polwic lajêng nolèh dhatêng wingking, sanalika rainipun katingal pucêt sangêt, awit nyumêrêpi, bilih kêthèk bangkokan ing kala punika sampun luwar saking cancanganipun.

Kanthi sapêncolotan kemawon kêthèk bangkokan sampun sagêd nubruk badanipun Polwic. Tiyang wau ajêlih-jêlih botên kantênan. Kêthèk bangkokan lajêng nyandhak pundhakipun Polwic saha lajêng kauncalakên têbih saking panggenanipun Jak. Salajêngipun Polwic katubruk malih, kukunipun kêthèk bangkokan ingkang saklangkung lancip, nunjêm ing badanipun Polwic lan siyungipun ingkang landhêp, nancêp ing kalamênjingipun. Polwic budi sakiyatipun, nangating npananging tanpa. damêl. Tanpa nyuwara malih, botên wakawiswatawis. dangu Polwic lajêng dhawah ing pêjah.

Sarana dipun tulungi ing kêthèk bangkokan ingkang nama Akut wau, Jak lajêng alon-alon mênyat. Salajêngipun Jak lajêng suka pitêdah dhatêng Akut, kadospundi anggènipun nguculi tangsul ingkang kangge ngêrut tanganipun. Nanging Akut punika namung satunggilipun satowana limrah, sanadyan anjalmaa kados punapa, inggih mêksa botên sagêd nyandhak kapintêranipun manusa, amila sanadyana anggènipun nguculi tangsul wau kanthi pitêdahipun Jak, ewasamantên ngantos kalih jam dangunipun, anggèning tangsul ingkang kangge ambônda Jak wau sawêg sagêd ucul babarpisan. Sasampunipun Jak luwar saking bêbandanipun, enggal-enggal piyambakipun nyandhak lading saha lajêng ngirisi tangsul ingkang taksih anggendhol wontên ing badanipun kêthèk bangkokan wau. Salajêngipun Jak ambikak kopêripun salah satunggal saha mêndhêt sandhangan sawatawis. Rancanganipun Jak mila inggih sampun matêng sayêktos. Sadaya punika tanpa mawi karêmbag rumiyin kalihan Akut. Awit mênggahing Akut, namung manut miturut punapa pikajênganipun Jak. Botên watawis dangu Jak tuwin kêthèk bangkokan lajêng sêsarêngan mêdal saking ing griya ngriku. Nanging sintêna tiyang ingkang sumêrêp namung sakêclapan kemawon, têmtu botên badhe ngintên, bilih salah satunggal punika sajatosipun awujud wanara. Badhe kasambêtan.

--- [1037] ---

Ôngka 67, Stu Pa, 23 Jumadilakir Jimawal 1869, 20 Agustus 1938, Taun XIII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt - Perekonomian Ra'yat - Darmawisata - Tuntunan Nyinau Nabuh Gôngsa - Kasangsaran ing Jêpan - Mêncarakên Têtuwuhan Sarana Peranganing Wit - Angsal-angsal saking Kêkesahan - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Pangungsêt

Pêpêring Ngakal Budi

Ing pangungsêt sampun kêrêp ngraosi ing bab ngakal budi botên dumugi kangge anggagapi luhur tuwin lêbêting ngèlmi kabatosan. Ingkang makatên wau salugunipun têmbung lacut, tuwin lajêng katingal araos ngrèmèhakên ngakal budi. Saya tumrapipun para ingkang pancèn lêpas ing ngakal budi, tamtu lajêng malengos, nêtêpakên dhatêng lacuting ginêm wau. Saha lajêng purun ngêpak, bilih rêmbag wau tanpa pathokan. Pangintên kados makatên wau pancèn sampun mapan.

Nanging mênggahing kajêng wontênipun ngakal budi lajêng dipun kiyas, botên andumugèkakên tekad, punika saking pun ngakal budi punika sok gadhah watak anggêp-anggêpan. Upaminipun ingkang gampil inggih kados ing bab watêk angêpak wau, ing ngriku lajêng pêcah warni kalih, manawi mirid kasarasaning ngakal budi: sampun lêrês, dene botên cocog kalihan nalaripun, punapa inggih tiyang sampun pangajaran, botên muluk ngakal budinipun. Sapunika tumrap ngakal budining kaalusan, tamtu botên purun gadhah tindak ngêpak punika, awit pangêpak wau têgês ngêpak badanipun piyambak, dados alusing ngakal budi têrus gêsang.

Sapunika kadamêlakên pasaksèn malih, ngakal budi kasar dipun bên kalihan ngakal budi alus. Pun kasar wontênipun namung melik, pangrantaming badosbatos. namung ngangkah ingkang sarwa langkung, yèn lèrèg dhatêng kalangkungan, inggih sagêda: banyu dipandêng bisa umob, sapanunggilanipun. Manawi dhatêng kawêkasan, sagêda manggèn wontên ing papan ingkang pucak piyambak. Pangajab ingkang kados makatên punika adhakan kenging daya panarik, ingkang malah lajêng nyulayani dhatêng anggèning ngrumaosi gadhah ngakal budi linangkung, tandhanipun lajêng kêsulap ing daya sanès. Dene sababipun botên sanès: saking kagêngên melik.

Balik ngakal budi dhatêng kaalusan, inggih namung têrus alus kemawon, saupami kêtuwuhan kamelikan, nama lajêng santun drajating ngakal budinipun.

Kadospundi.

Cêkruktruna.

--- 1038 ---

PEREKONOMIAN RA'JAT

Ing wulan punika Bale Pustaka ngêdalakên pinton kalawarti basa Malayu nama Perekonomian Ra'jat. Dene wêdalipun wiwit benjing wulan Januari 1939. Kalawarti wau isi babagan ekonomi ingkang sakalangkung migunani tumraping rakyat, awit kathah bab-bab ingkang salugunipun dèrèng dipun sumêrêpi yêktos ing umum, môngka bab ingkang makatên punika, salugunipun tumrap rakyat sampun sêsenggolan, têgêsipun sampun anglampahi, nanging dèrèng cêtha tuwin dèrèng sumêrêp kajêmbaranipun ekonomi, inggih punika ingkang badhe mikantuki ingatasing pangudi dhatêng tata têntrêming panggêsangan, anjêmbarakên têbaning pangupajiwa. Makatên ugi kathah bêbadan tuwin pakaryan ingkang ngêmori damêl babagan punika, kados ta: Landbouwvoorlichtingsdienst, Binnen Visscherij, Veeartsenijkundige Dienst, Afd. Nijverheid, Dienst voor Cooperatie en Binnenlandsche Handel tuwin sanès-sanèsipun.

Cêculikanipun sawatawis: upaminipun bab lombok, punika sintêna kemawon tumraping tiyang siti inggih sampun mangrêtos dados kabêtahaning ngakathah, tuwin dados satunggiling padagangan. Nanging kadospundi caranipun tiyang nanêm tuwin dagang lombok, panyadenipun dhatêng pundi tuwin kadospundi cara-caraning pangupakaranipun, ing ngriku lajêng kathah ingkang dèrèng mangrêtos. Môngka ing Perekonomian Ra'jat nêrangakên ing bab babagan kados makatên punika. Dados nyata bilih Perekonomian Ra'jat punika dados kalidamaripun rakyat.

Kalawarti Perekonomian Ra'jat punika wêdalipun kalih minggu sapisan, rêginipun ing dalêm sêtêngah taun f 0,60. Ing sapunika wêdalipun sawêg kadamêl 8 kaca, samôngsa lênggananipun kathah, dipun indhaki kacanipun.

Tumrap para lêngganan Kajawèn, manawi mundhut kalawarti punika, namung dipun rêgèni f 0,25 ing dalêm 3 wulan. Mila botên dipun aturi lêlahanan, amargi rêgining Kajawèn sampun sakalangkung mirah.

Kajawi punika manawi pancèn nyata dipun bêtahakên ing ngakathah ngangge basa Jawi, ugi badhe kawêdalakên ing basa Jawi.

[Iklan]

--- 1039 ---

[Iklan]

Darmawisata

Sambêtipun Kajawèn nomêr 66.

Jam 3 siyang pangkat dhatêng Batawi, dumugi jam 4.15. Bogor - Batawi têbihipun 59 km. Jam 5.30 ningali Dierentuin. Wontên Bêtawi katampi sadhèrèk P.G.I pang Batawi, dipun pangajêngi Tuwan R.B. Wira Atmadja. Pondhokan wontên ing sêkolahan Taman Siswa ing Kêmayoran.

Dintên Slasa enjing jam 7.15 dintên Tanjungpriuk, saking Kêmayoran numpak sêpur lêstrik, sakêclapan sampun dumugi sêtatsiun Tanjungpriuk Zandfoort. Dhatêng plabuhan nomêr I ningali baita Melchior Treub. Ningali papan patilêman klas satunggal, kamar nêdha, kamar sês, pawon, kamar wedang, kamar opsir, papan nyêtir, lan pandom.

Saking plabuhan dhatêng aquarium ing Pasar Ikan, lajêng dhatêng Bale Pustaka, kalantarakên Tuwan Sumantri, katampi Tuwan Sutan Pamuncak. Kairid ing kamar bibliotik, kamar administrasi, klisekamêr, pèrês, opêrsih, kamar ngadrèsi, gudhang buku, gudhang dlancang, pangêcapan, pandamêlipun aksara, lan pirantos kangge ngundhi lotre. Wangsul malih dumugi ing kamar bibliotik. Miturut grapik panyadean buku ingkang kathah piyambak taun 29. Sadaya wau katêrangakên kanthi gamblang. Dumugi papan panyadean buku, wontên ngriku kathah sadhèrèk ingkang sami tumbas buku, prêlu kangge angsal-angsal.

Saking ngriku ningali museum, kathah barang-barang ingkang [ing...]

--- 1040 ---

[...kang] wêwah, upami gambaripun tiyang ingkang manggèn ing tanah ngriki, piring-piring utawi êncèh bangsanipun porsêlin. Bôngsa èrt, jêdhing-jêdhing kina, lajêng dhatêng museum dagang, inggih punika museum wulupamêdal ing tanah ngriki, ingkang saking sabin, têgil sarta wana.

[Grafik]

Warganing darmawisata wontên Bale Pustaka.

Enjing jam nêm sampun sami samêkta badhe bidhal wangsul dhatêng Têmanggung, mêdal Cirêbon tuwin Sêmarang.

Bêtawi-Cirêbon 249 km, Cirêbon-Sêmarang namung 234 km, Sêmarang-Têmanggung 79 km. Nalika badhe pangkat wangsul, watawis jam pitu, Tuwan R.B. Wiraatmaja mêdhar sabda, wilujêng pangkat. Lajêng katampi pangarsaning darmasiwata matur nuwun ing sadayanipun. Rata bis lajêng anggêrêng ngambah ing margi aspalan. Lampahing rata kados kasawat-sawatna anglangkungi Krawang, Cikampèk. Dumugi ing Cirêbon jam 2 siyang. Ngaso sakêdhap wontên ing restoran prêlu ngisèni bransêtop. Sasampunipun sami gagah, rata anggêrêng malih langkung Brêbês, Têgal, Pamalang, Pêkalongan. Wontên ing Pêkalongan sampun jam 6, sêsawangan sagantên anggugah dhatêng sênênging manah, toya ing sagantên ingkang têbih katingal biru, dene ingkang wontên ing pinggir ijêm. Watawis jam 8.30 dumugi ing Sêmarang. Wontên ngriki ngaso prêlu mancal kêmul, rata ugi ngêlak nêdha ngombe. Jam 9.30 bidhal dhatêng Têmanggung kanthi sêsêng-sênêng,sênêng-sênêng. têtêmbangan, rêngêng-rêngêng tuwin tunilan, sasampunipun jam 11-san dumugi ing Têmanggung. Minôngka tancêp kayon lajêng puji-pinuji sugêng pêpisahan.

Pêr.

Pawartos saking Redhaksi.

Mas Sastrasandirana Sandirene. Manawi badhe manjurung botên wontên pakèwêdipun. Pangintuning karangan prayogi sarana document, dipun ngalamatna dhatêng redactie Kadjawen.

K.391. Prayogi kintuna sêrat dhatêng R.M.Ng. Dutadilaga Surakarta. Sla, Pa, (lêrêsipun Rê. Kli). 4 Sura Dal 1901, punika dhawah taun 1831 wuku Maktal, Wurukung 24 Alip.

K.358 ing P. Kaparêng panjênêngan badhe manjurung dhatêng Kajawèn, katampi kanthi bingahing manah. Prayogi kasêrat aksara Jawi, botên prêlu rangkêp, kasêrata namung sawalik. Kakintuna lumantar document.

K.5346. Ing P. Ju, Pn, Nopèmbêr 1910 dhawah tanggal 11 Walandi, 8 Dulkangidah Be 1840. Ju, Lê, Dhesèmbêr 1910 dhawah tanggal 16 Walandi, 13 Bêsar Be 1840. Ju, Pn, Dhesèmbêr 1924 dhawah tanggal 5 Walandi, 7 Jumadilawal Dal 1855 wuku Manail môngsa kanêm.

K.5420. ing C. 24 Rêjêb Jimakir 1818 dhawah Sla Wa, wuku Maktal 26 Marêt 1889.

K.1909 ing M. Kê, Pa, Bêsar 1848 (1917) dhawah 1 Bêsar Be, 18 Oktobêr.

R.C.S. ing S. Babagan kados makatên punika sampun kathah ingkang nganggit, malah sampun wontên ingkang kawêdalakên dados buku, dene wohipun botên wontên.

--- 1041 ---

Kagunan Jawi

Tuntunan Nyinau Nabuh Gôngsa.

Ginêmanipun Dèn Apa kalihan Dèn Iya.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 65.

A: E la manawi makatên, suwaraning kêndhang 16 warni wau sajak botên angèl panyinaunipun, awit sampun katawis cêtha satunggal-satunggaling swaranipun, ingkang makatên wau tumrap ingkang sampun sagêd ngêndhang lajêng saya mayar sangêt anggènipun ngajarakên dhatêng ingkang dèrèng sagêd. Awit saking makatên, sarèhning kula inggih sampun ragi sagêd ngêncêngi kêndhang lan inggih gadhah kêndhang, adrênging manah kula, bok inggih panjênêngan ngrêtosakên patraping panêbak dhatêng wacucaling kêndhang, supados sagêd nyinau piyambak.

I: Panjalukmu mangrêti marang pangêbuking kêndhang iku jênêng ngluwihi saka tuntunan kang wis kasêbut ing dhuwur iku, ananging sarèhne kowe adrêng, ya bakal takpituruti, nanging yèn ana ruwêting katrangan, ya aja dadi atimu.

A: Botên kamas, janji panjênêngan pêndhêtakên ingkang gampil-gampil, rak inggih botên badhe ngruwêtakên panampi kula.

I: Patraping tangan kang gawe suwara ing sisih kiwa iku mangkene: yèn gawe suwara tong iku pucuking driji têngah ditèmplèkake pinggiring lulang kang sisih dhuwur kêpara mlêbu, yèn ngarah sêru kudu pucuking driji têngah lan driji manis ditèmplèkake barêng, nganggo dipitulungi nèmplèking èpèk-èpèk têngên ing lulang têngên. Yèn gawe suwara tak, sawise lulang têngên dipèpèt tangan têngên, banjur tangan kiwa kang ngrapêtake driji panuduh têngah lan manis, ditêbakake lulanging kêndhang kang kiwa kapara têngah rada ngisor, anggone nêbakake disêndhal pancing. Yèn gawe suwara dang patraping tangan kiwa kaya gawe suwara tak, nanging nganggo dipitulungi panêbaking tangan têngên kang lirih bangêt, pênêre panêbak têngên iku kapara mlêbu. Yèn gawe suwara tung, pucuking driji têngah kang kiwa, ditamplèkake têngahing lulang kiwa kapara dhuwur, nanging ya kudu dipitulungi mêkroking tangan têngên kang jênthike lan jêmpole, lan sangarêping ugêl-ugêl padha ditèmplèkake ing lulanging kêndhang kang têngên kapara têngah, dadi wujuding tangan têngên nyêkêdhung. Kaya mangkono suwaraning kêndhang kang katindakake ing tangan kiwa anggone gawe suwara tong, tak, dang, tung, dene kang katindakake ing tangan têngên anggone gawe suwara bêm, dhung, trêt, bêhêp, mangkene: yèn gawe suwara bêm, driji panuduh têngah lan manis kudu rapêt kêncêng, jêmpole rada ngadêg bêngkêluk, banjur ditêbakake lulanging kêndhang kapara mundur, poking èpèk-èpèk aja nganti ora tumumpang wêngkuning kêndhang, sawise nêbak kudu diinggati, dadi ora têrus tumèplèk lulanging kêndhang, yèn arêp gawe suwara bêhêp, ya kaya gawe suwara bêm, nanging tangane banjur dikêsutake maju mênêt. Yèn gawe suwara dhung, sawise jêmpole [jêmpo...]

--- 1042 ---

[...le] ditèmplèkake lulang kapara têngah dhuwur, banjur driji panuduh lan manis sajênthike ditamplèkake munggah. Yèn gawe suwara trêt, jêmpole uga ditamplèkake, banjur panuduh lan driji têngah ditamplèkake mincang, dadi ora barêng tumibaning marang lulang, pênêre kang ditamplèk, ya kapara têngah. Kaya mangkono kang katindakake ing tangan têngên, anggone gawe suwara bêm, bêhêp, dhung, trêt. Saiki banjur tumindaking tangan kiwa têngên kang gawe suwara: blang, blong, klung, thut, ndot, ndat, plag, blag, iku wijanging panindak mangkene: yèn gawe suwara blang, iku kaya gawe suwara dang, nanging panêbaking tangan têngên kudu andhisiki, lan sêru lirihe padha lan panêbaking tangan kiwa. Yèn gawe suwara blong, kaya gawe suwara bêm kang dibarêngi suwara tong, nanging bêm-e ya andhisiki, yèn gawe suwara klung, kaya gawe suwara dhung dibarêngi driji têngah tangan kiwa ditamplèkake kapara têngah dhuwur. Yèn gawe suwara thut, kaya gawe dhung dibarêngi pangêsuting driji têngah kiwa dikêsutake maju mudhun mênêt. Yèn gawe suwara êndot, kaya gawe suwara blong, nanging tangane têngên dikêsutake maju mênêt (dadi kaya bêhêp, kang dibarêngi tong), yèn gawe suwara êndat, patraping tangan têngên iya mangkono, nanging dibarêngi tak ing tangan kiwa. Yèn gawe suwara plag, tangan kiwa nêbak kapara mandhuwur dibarêngi tangan têngên nêbak kapara têngah, nanging panêbake kiwa têngên mau kudu têrus ditèmplèkake lulang. Yèn gawe suwara blag, padha bae karo gawe plag nanging tangane kabèh kapara mudhun. Kabèh suwaraning kêndhang 16 warna kang kasêbut dhuwur iku, yèn kang nyinau lagi wiwitan, kang akèh suwarane durung bisa tètèh cêtha, nanging yèn dikulinakake banjur saya bisa tètèh cêtha, awit tètèhing suwara iku ya gandhèng lan kaprigêlaning tangan. Badhe kasambêtan.

Kodrat, ing Batawi Sèntrêm.

Pawartos saking Rêdhaksi

K.3068 S. Pamundhut panjênêngan kenging. Ingkang agung ing pangapuntên.

K.2053 ing K. I Tumrap panggambar ingkang kados karsa panjênêngan, limrahipun sawêg pinanggih ing pabrik-pabrik. II Dèrèng wontên, nanging ingkang basa Walandi wontên, nama Modeblad, mêdalipun sawulan sapisan. Ingkang sade Kolff ing Batawi. 1 buku rêgi 40 sèn.

K.385 ing L. 17 Pèbruari 1890 dhawah Stu, Kli, wuku Warigagung.

K.2447 ing Dj. W. a taun 1837 dhawah Jimawal, sanès J. b 14 Rêjêb 1861 dhawah 6 Sèptèmbêr 1930. c Stu, Wa, 20 Rêjêb 1863 Dal, dhawah 19 Sèptèmbêr 1932.

K.939 ing B. Sn, Wa, Sapar, taun Walandi 1874 dhawah tanggal 11 (Sapar) taun Alip 1803 utawi 30 April. Buku bab dhuwung botên wontên.

Tuwan Sl. ing S. Karangan panjênêngan punika sampun sami kagayut wontên ing ariwarti. Pancèn karangan makatên wau mapanipun kapacak wontên ing ariwarti.

K.396 ing K. Kê, Pn, Mulud 1847 Dal, dhawah tanggal 22 Jawi tuwin 18 Januari 1917.

Tuwan S. ing Timuran, adrèsipun inggih kados ingkang kacêtha ing Kajawèn.

K.928 ing Ng. 1 Bakdamulud Alip 1827 dhawah 30 Agustus 1897.

Lêngganan nomêr 4515. Pariwara nomêr 10 sampun mêdal, panjênêngan inggih sampun dipun kintuni. Wêling buku ngantos rêrêgèn f 1.- samangke sampun botên pikantuk prêsenan buku, awit buku-buku ingkang kasadhiyakakên kangge prêsenan sampun têlas. Dhaptar buku-buku basa Jawi 1938, sawêg kaêcap. Cariyos Tarzan kêthèk putih sadaya wontên tigang jilid, gunggung rêgi f 1.20. lajêng dipun sambêti cariyos Tarzan Bali 3 jilid gunggung rêgi f 1.20.

--- 1043 ---

Kasangsaran ing Jêpan

Sami-sami nagari, Jêpan punika kêrêp wontên kasangsaran agêng, kados ta lindhu, prahara, bêna tuwin sanès-sanèsipun. Ing kalanipun wontên sabab wau adamêl kasangsaraning ngakathah, punapadene karisakan.

[Grafik]

Kala têngah-têngahaning wulan Juni tuwin têngah-têngahaning wulan Juli kêpêngkêr, ing Jêpan kêtêmpuh ing bêbaya jawah dêrês tuwin prahara ngantos pintên-pintên dintên, jalaran saking gênging jawah wau andadosakên bêna agêng, angêlêbi kitha Tokio, makatên ugi kitha Osaka. Dene ingkang kêtênggêl yêktos ing Kobe. Kapitunanipun kintên-kintên atusan yuta yèn, tiyang ingkang kêblabak atusan.

[Grafik]

Mênggah wujuding kasangsaran wau kados ingkang kacêtha ing gambar-gambar ing nginggil piyambak, satunggiling praoto ingkang kèli ing toya bêna, saasating toya pinanggih kêblêsêg ing êndhut. Gambar ngandhapipun: satunggiling panggenan ingkang kathah piyambak tiyangipun ingkang tiwas. Gambar sisih kiwa, tilas wujuding punapa-punapa ingkang larut dening toya. Kados para maos sagêd anggalih piyambak dhatêng gênging kasangsaran wau.

--- 1044 ---

Kawruh Sawatawis

Mêncarakên Têtuwuhan Sarana Peranganing Wit.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 61.

[Grafik]

Cangkokan.

Matrapipun tiyang nyangkok punika makatên: sasampunipun angsal pang ingkang dipun kajêngakên, ing panggenan ingkang sampun katamtokakên ing sisih nginggil, dipun kêrêt mubêng ngangge lading ingkang landhêp, pangêrêtipun sampun ngantos mèncèng. Antawis kalih utawi tigang sènti mètêr saking kêrêtan nginggil punika, ing ngandhap inggih dipun kêrêt malih. Ing antawisipun kêrêtan kalih punika wau lajêng dipun klèthèk kulitipun, tumuntên dipun kêrik yiyidipun ngantos rêsik babarpisan katingal pêthak. Sasampunipun kakêrik lajêng dipun lêrêmakên watawis kalih dintên. Lajêng pados sêpêt dipun bucal kulitipun jawi, dipun thuthuki ngantos lêmês prêlu kangge amblêbêd cangkokan wau.

Yèn kêrikan sampun lêrêm watawis kalih dintên, sêpêt wau dipun tata mubêng wontên sangandhapipun kêrikan ngandhap, sêpêt ingkang badhe wontên ngandhap katata sangandhaping kêrikan cakêt, tumuntên dipun tangsuli ingkang kêncêng. Sêpêt wau lajêng dipun tlakupakên manginggil sarta dipun isèni siti, siti ingkang kangge ngisèni wau kêdah siti ingkang mawur, sampun ngantos dipun isèni siti lincat. Yèn isinipun siti lincat sok mlêthak, samôngsa sampun mêdal oyodipun sok sami tugêl. Sêpêt ingkang nginggil lajêng dipun tangsuli wontên sanginggilipun kêrêtan nginggil. Mênggah ingkang kangge tangsul punika prayogi ngangge duk, jalaran duk punika botên gampil bosokipun.

Sarana patrap ing nginggil punika, tangsul ingkang ngandhap botên katingal, awit lajêng dumunung ing nglêbêt. Ingkang katingal namung tangsul ingkang nginggil. Wontên ugi ingkang sok nyangkok tangsulipun ngandhap nginggil katingal, [ka...]

--- 1045 ---

[...tingal,] nanging patrap punika kirang sae, napa malih manawi kangge padagangan kirang pajêngipun, awit wujudipun botên nyênêngakên.

Wontên ugi tiyang ingkang sok nyangkok ing môngsa katiga, ing sanginggilipun buntêlan siti dipun dèkèki bumbung isi toya, dipun tangsulakên ing pangipun. Ing bumbung sisih ngandhap dipun bolongi ngangge paku supados toya sagêd nètès, dados sitinipun ajêg têlês sarta botên sabên-sabên nyirami. Manawi toya ing bumbung sampun asat lajêng dipun isèni toya malih.

Yèn sampun sawatawis wulan, cangkokan wau lajêng dipun tuwèni, manawi sampun katingal pating panthingil oyodipun, cangkokan wau kenging lajêng dipun kêthok, sampun ngêntosi oyodipun ngantos panjang, awit yèn dipun tanêm lajêng sami tugêl. Pangêthokipun kêdah alus sarta alon, sampun ngantos mêdhotakên oyot, prayogi pangêthokipun ngangge graji. Pangêthokipun sampun katêbihên saking siti, jalaran yèn katêbihên manawi dipun tanêm lajêng bosok, trêkadhang bosokipun mrèmèn-mrèmèn. Prayogi pangêthokipun sampun dipun babarpisanakên, saenipun sapratiganipun rumiyin, prêlunipun oyodipun sinau nyêrot têdha lan toya saking siti ngriku, botên tansah angsal têdha lan toya saking witipun. Sawatawis dintên malih dipun kêthok sapratiganipun, tumuntên dipun kêthoki babarpisan.

[Iklan]

Sadèrèngipun dipun tanêm langkung sae cangkokan wau dipun dèkèk ing panggenan ingkang ayom rumiyin sawatawis dintên, lajêng nêmbe kenging katanêm ing lalahan. Ing nalika dipun tanêm, godhong, pêntil sarta sêkaripun dipun bucali sawatawis. Ing môngsa katiga saenipun dipun tanêm ing pot rumiyin, dipun dèkèk ing panggenan ingkang ayom, lajêng nêmbe katanêm ing lalahan. Badhe kasambêtan.

Rutam (R.T. Adisumarta).

N.Scr. Purbalingga.

Pawartos saking Rêdhaksi

K.5219 ing T.P. Panjurung bab Singgapura, sampun nate kapacak ing Kajawèn. Prayogi ngarang sanèsipun kemawon, nuwun.

R.T.H.P. ing S. Karangan sampun katampèn, nuwun. Samôngsa kapacak ingkang badhe kapetang, ingkang ngajêng botên.

K.2777. Wetboek sade, rêgi f 2.50, sanèsipun botên. Bab walur dèrèng wontên katrangan ingkang cêtha.

K.3066 ing P. Sla Wa 4 Sura 1832 utawi 21 April 1901, lêrêsipun A, Wa, 4 1832 utawi 13 April 1901.

K.3840 ing W.R. Sn, Lê, salêbêting wulan April 1926 dhawah tanggal 9 April utawi 14 Sapar Ehe 1836.

--- [1046] ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Angsal-angsal saking Kêkesahan

VIII.

Petruk : Kang Garèng, kaya-kaya wis cukup anggonku ngobrolake ing bab kaanane ing Kudus. Ing sarèhne tanggal 13 Juli aku kapêksa kudu ana ing Ngayoja, tanggal 12 ing wanci sore aku wis kukut-kukut nêdya budhal. Wis mêsthi bae yèn arêpe pangkat, aku kêtêlu anglairake gênging panuwun nyang ndara dhoktêr sakalihan nganti rete-rete bangêt, dene ana ing kono aku kêtêlu ditômpa kanthi rênaning panggalih, diparingi papan anglêgoso mêndut-mêndut, diêmpani, lan diplêsir-plêsiake nganggo otone nganti kêmput.

Garèng : Tur tanpa cucul rini...

Petruk : Hla kok ngisin-isini, Kang Garèng, Nèk adhimu kuwi mêsthi prawira. Bênêr aku rong dina ditômpa kanthi bêcik bangêt dening: ndara dhoktêr sakalihan, dadi aku rumasa utang budi marang panjênêngane sakalihan, walêsku iya nyaur budi, Kang Garèng. Sanalika kono aku iya banjur kontan nyaur bae, yaiku aku nyaguhi anggawa titipane dèn ayu dhoktêr wujud: Jênang Kudus sasayahira, rokok krètèk pirang-pirang pak, lan êmbuh apa manèh, ora pati kêcathêt ing pikiran. Mara, waragade ngusang-ngusung barang titipane mau pira bae, Kang Garèng...

Garèng : Wèh, hla nèk titipane sathekruk mêngkono, aku iya ngandêl, yèn pambayarmu nyang kuli sing anggawa ora sêthithik. Mungguh titipan mau kanggo sapa, Truk.

Petruk : Ya kanggo aku lan rayimu makne kamprèt.

Garèng : Wong sêmbrana ane, kuwi rak jênêngane rak malah disangoni. Wis, ora susah omong kosong mêngkono, saiki banjurna dongenganamu.

Petruk : Lakuku saka Kudus nyang Ngayoja ora prêlu takandharake nganti nglawèr, ing kene sing prêlu takcaritakake, yèn tanggal 13 Juli mau aku kêtêlu padha pêpisahan. Rayimu makne kamprèt mênyang Magêlang, Bu Mar têrus mênyang Gombong, dene aku dhewe, saka kumudu-kudune nglakoni ayahaning nagara, kapêksa kudu ana ing Ngayoja. O alah, rasaning atiku nalika arêp pisah karo rayimu, sumêdhot lan sar-saran, awit bakal... bisa plêsir sakarêp-karêp.

Garèng : Wong ora gênah, takarani susah sabab arêp pisah, jêbul sajak bungah mêngkono, banjur ana ing Ngayoja kowe anu apa, Truk.

Petruk : Kaya sing wis tak kandhakake ing ngarêp, nalikane aku ana ing Kudus, aku nômpa tilgram saka tuwan kontrolir ing dhepartêmèn B.B. ing Batawi, supaya tanggal 13 Juli aku bisaa ana ing Ngayoja. Wêlinge ing ngarêp, yèn aku anggolèki panjênêngane ing dalêm [da...]

--- [1047] ---

[...lêm] kontroliran pangrèh praja ing Ngayoja kono. Têkaku ing Ngayoja kira-kira jam 8, lan sanalika iku aku tilpun nyang dalêm kontroliran anakokake tuwan kontrolir sing saka Batawi mau. Aku tômpa wangsulan: Kangjêng tuwan kontrolir kalih-kalihipun sampun tindak sadaya, dhatêng pundi tindakipun sarta jam pintên konduripun, botên sumêrêp. Sanalika kono mak kringkêl ususku, iki karêpe: gêla bangêt atiku. Awit, gèk nyang ngêndi bae anggonku kudu anggolèki. Ing sarèhne sadurung-durunge aku sumurup, yèn rawuhe tuwan kontrolir saka ing Batawi ana Ngayoja mau prêlu arêp nênggani anggone arêp gawe pilêm kolonisasi pikiranaku banjur: têmtune para dhaktur-dhaktur layang kabar padha nguningani ing ngêndi papane gawe pilêm mau, mulane aku banjur ngênthir nunggang andhong mênyang kantor layang kabar: Sêdyatama. Inalilahi, sêmune anggone gawe pilêm mau digawe rusiah dhua bêlas. Buktine: para dhaktur-dhaktur mau iya padha ora priksa. Wah, pikiranaku saya klayaban, Kang Garèng. Pungkasane aku banjur duwe pikiran: bêcike aku tak sowan nyang kantor gupêrnuran bae, bokmanawa para luhur-para luhur ing kono bisa paring sêsuluh marang jênêng ingong.

Garèng : Wayah, nèk ngomong lumrah kuwi ambok aja nganggo dislundupi têmbung Kawi, Truk, wong rasane nyang pikiran rada mak: pêng, pêng ngono kae. Banjur ana ing kantor gupêrnuran sapa sing kok jujug, Truk.

Petruk : Mêngko sik Kang Garèng, amrih cêthane aku kudu ambalèni critaku sing uwis, yaiku: wis dadi pakulinanku yèn lêlungan salawase aku manganggo cara Jawa, sabab rumasaku brêgas-brêgase wong Jawa kuwi iya yèn manganggo cara Jawa. Nèk manganggo cara Lônda, brêgas-brêgase bangêt kae kaya sinyo, nanging iya sinyo rêbo. Nanging mungguhing Ngayoja sêmune panganggo cara Jawa kuwi, brêgasa kaya ngapa, dianggêp asor. Kosokbaline: nylêkuthisa kae, nèk panganggo cara Lônda dianggêp luhur. Sajake ing Ngayoja kono ana panêmu mangkene: brêgasa kae, mung wong Jawa bae. Muni mangkono mau bokmanawa nganggo anjêmbèwèk-jêmbèwèk, Kang Garèng. Kosokbaline ana panêmu: alaa kae, Lônda, sèh, Lônda, muni mêngkene iki karo mêcucu lan mêndêlik-mêndêlik kae, kang ngatonake antêping panêmune ing bab panganggo cara Lônda mau.

[Grafik]

Garèng : Ora, Truk, ana panganggo kathik mèlu digawa-gawa barang, gèk prêlune bae apa.

--- [1048] ---

Petruk : Sabar, sabar, Kang Garèng, saiki takbanjurne dhisik caritaku. Satêkaku ing kantor gupêrnuran, sarana dilantarake mas upas aku luwih dhisik sowan karo bêndara ajung transêlatur. Karo panjênêngane iki aku wis têpung, Kang Garèng. Nalikane aku sowan mau, wah, panjênêngane patrape nyang aku ajêg bae kaya biyèn: sêmanak, rêmakêt, lan bakyak.

Garèng : Wayah, wong grapyak kathik bakyak, nèk bakyak kuwi rak bangsane thèklèk.

Petruk : Iya, iya, Kang Garèng. Marang ndara ajung transêlatur aku banjur crita mulabukane aku têka ana ing Ngayoja kuwi, saka anggone tômpa tilgram, nganti anggolèki nyang ngêndi tindake tuwan kontrolir mau. Panjênêngane banjur angrêmbugi aku, murih aja kasalahan, supaya aku anyêksèkake mênyang ndara panggêdhe ing kantor kono, yèn aku wis ana ing Ngayoja. Kang kaya mangkono kuwi lugune aku ora duwe pikiran babar pisan. Sakala aku iya: mupakat lan matur: banyak kamsiah. Sarana dilantarake panjênêngane mau, aku dhisike arêp disowanake: tuwan sèkrêtaris, dilalah lagi tindak. Sabanjure aku nuli disowanake bêndara gêdhe Lônda liyane. Êmbuh, aku ora ngrêti pangkat apa. Kala samono, Kang Garèng, celenganku cara Lônda takbobok kabèh, prêlu arêp kanggo ngladèni bêndara gêdhe Lônda iki.

Garèng : Dadi kowe banjur omong cara Lônta, ta, genea ora cara Jawa bae, basa sing mlipis, wong ya karo panggêdhe.

Petruk : Rada aras-arasên, Kang Garèng. Kala samono, êmbuh sabab pagaweane pancèn ribut bangêt, êmbuh kêpriye, anggone ndara tuwan rêmbugan karo aku kuwi, tansah disêlani undang-undang: ju-ru-tu-lis, utawa salah siji jênênge klèrêk Jawa, banjur: nôndha astani layang, maos layang, lan sapiturute.

Garèng : Nèk adatmu, ditômpa kaya ngono kuwi bae matamu wis rada abang, sabab rumasamu: anggone nômpa kowe kaya alah ora kae.

Petruk : Ora babar pisan, sabab aku rumasa: manganggo cara Jawa. Ana ing kono aku matur marang bêndara gêdhe Lônda mau, yèn aku sowan prêlu arêp anêksèkake anggonku wis têkan ing Ngayoja, jalaran ditilgram dening tuwan kontrolir. Bêndara gêdhe Lônda: ju-ru-tu-lis, tilgrame tuwan kontrolir sing nyang Lampong. Ing batinku: prakarane wong liya aku ora ambil kêpala mumêt. Sabanjure aku nuli matur mangkene: ing sarèhne aku ora bisa kêtêmu tuwan kontrolir, dadi dina iki aku têmtune ora bisa apa-apa, aku saiki arêp nyang Magêlang bae. Wangsulane ndara tuwan: kowe mêsthi kêtêmu dhisik karo tuwan kontrolir. Wangsulanku: aku ora prêlu dimêsthak-mêsthèkake. Rak wis pira-pira aku gêlêm mrene iki. Aku dudu...

Garèng : Sê-top. Rak lidok, yèn banjur muring-muring. Kuwi aja kok tômpa sing kêpriye-kêpriye. Bokmanawa pancèn mula wis padatane cara Lônda ing Yoja iya ngono kuwi.

--- 1049 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

Pasar malêm kraton 200 taun. Pasar malêm ingkang kangge maargya adêging karaton Surakarta sampun 200 taun, kabikak wiwit tanggal 9 dumugi 22 Maart 1939.

Pikramèn agêng. Wontên wartos, K.G.P.A.A. Prabu Suryodilogo, badhe mikramèkakên rayi dalêm, B.R.A. Kustinah, dhaup kalihan R.M. Mr. Hapsara Wrêsniwiro.

Pindhahan mantri Pênjual. Tuwan Dul, mantri O.Z.R. ing Talun, Blitar, kapindhah dhatêng Ragajampi, Banyuwangi. R. Joyoatmojo, mantri O.Z.R. ing Pangkatrêjo, Lamongan, kapindhah dhatêng Krian, Sidoarjo. R. Martowidigdo, mantri O.Z.R. ing Ponggok, Blitar, kapindhah dhatêng Ngunut, Tulungagung, M. Arjosubroto, mantri O.Z.R. ing Perak, Jombang, kapindhah dhatêng Paron, Ngawi.

Mulihakên punggawa praja. Kawartosakên, miturut wara-wara saking 1e Gouvernementssecretaris, dhatêng para pangagêng departement, kangjêng tuwan ingkang wicaksana andhawuhakên nyuwak pranatan taun 1934 ingkang suraosipun ngirid cacahing punggawa departement, kêdah dipun jangkêpakên malih.

Têtêpan commissie Bestuursacademie. Gêgayutan kalihan badhe adêging Bestuursacademie, parentah ngawontênakên commissie ing nagari-nagari ingkang nindakakên pandadaran pilihan dhatêng para priyantun pangrèh praja tiyang siti ingkang ing taun 1938 pantês sinau ing Bestuursacademie. Ingkang sampun katêtêpakên, commissie tumrap Jawi Kilèn, Jawi Têngah tuwin Jawi Wetan.

Asistèn wêdana botên pêrlu gadhah auto. Kawartosakên, parentah badhe andhawuhakên, para asistèn wêdana botên pêrlu gadhah auto, awit kathah asistèn wêdana ingkang kêcingkrangan jalaran saking anggèning gadhah auto.

Golongan-golongan ingkang sami badhe dhatêng Pasar Gambir. Wontên wartos, Tuwan San Gui ing Surakarta, ngawontênakên golongan badhe ningali Pasar Gambir, mawi urunan tiyang satunggal f 7.50, namung kangge waragad lampah wongsal-wangsul. Makatên ugi pakêmpalan Surya ugi badhe ngawontênakên golongan ningali Pasar Gambir, mawi urunan tiyang satunggal f 16.-, sampun kalêbêt kangge waragad punapa-punapa.

Asil siti ingkang majêng. Ing wêkdal punika pamêdal siti ing tanah ngriki ingkang majêng, isi jarak, tumrapipun wontên Jêpan majêng sangêt. Kacariyos lisahipun prayogi sangêt kangge nglisahi sanjata mêsin. Jagung ugi majêng sangêt, dipun bêtahakên wontên ing Jêpan kangge têdha ayam, bèbèk tuwin sanès-sanèsipun.

Madosi badhe têmbaga. Jalaran panêdha saking sajawining praja ambêtahakên têmbaga, nagari lajêng miji Ir. Van Bemmelen supados pados pêlikan têmbaga ing Jawi Têngah. Pinanggihing pangudi, tumrap Jawi Têngah, badhenipun têmbaga botên sae.

Papan paboyongan ingkang dipun pilih. Miturut wartos, tumrap têtiyang ing Purworêjo tuwin Kêbumèn, ingkang kathah sami milih papan paboyongan ing Lampung tuwin Palembang tinimbang papan paboyongan ing Selebes.

Bestuursacademie. Tumrap abdi dalêm pangrèh praja ing Kasultanan Ngayogyakarta ingkang calon malêbêt Bestuursacademie, 1 R.Ng. Joyomartono, asistèn wêdana ingkang kabantokakên dhatêng kantor kapatihan tuwin R.Ng. Pringgosumarman, asistèn wêdana Prambanan.

Pamulangan priyantun pènnsiunan.pènsiunan. Golonganing priyantun pènsiunan ing Cilacap angadani damêl pamulangan partikêlir kalih panggenan, ing Gandrungwinangun, bawah dhistrik Sidoarjo tuwin ing Karangkandri, dipun namakakên pamulangan Margatama, mawi pangajaran basa Walandi. Sasampuning kabikak, sagêd kasumêrêpan bilih kathah anaking priyantun pènsiunan ingkang botên angsal sêkolahan.

Karampungan bab prakawis ngêthok jêmpol. Raad van Justitie ing Surabaya sampun angrampungi prakawisipun sudagar auto ingkang ngêthok jêmpol, jalaran melikakên assurantie kasangsaran, kados ingkang sampun kawartosakên ing Kajawèn. Têtêping kalêpatan kadakwa: malsu sêratan, migunakakên sêratan palsu tuwin nyobi ngapusi. Karampunganipun dakwa kaukum 2 taun kunjara.

Ingsêran dhoktêr. M. Sunaji Winoto, Gouvernements Ind. Arts ing Saumlaki. R. Suparto Sêcoharjo, tijd. wd. Gouv. Ind. Arts Pakaryan Kasarasan, katêtêpakên ing padamêlan wau.

Economische Zaken. Mr. R.M. Jokomarsaid, ingkang nyambutdamêl ing vakkundig ambtenaar Binnenlandsche Handelsvoorlichting kantor dagang ing Surabaya, kapapanakên sawatawis dangunipun ing afdeeling Algemeene Economische Aangelegenheden ing Departement van Economische Zaken, kangge nindakakên padamêlan kawigatosan ing bab ngicalakên sambutanipun tiyang siti.

Lampah anggêgana saking tanah Jawi dhatêng Indo-China. Wiwit benjing tanggal 30 Augustus punika K.N.I.L.M.N. ngawontênakên lampah anggêgana nyambêti lampah saking Bêtawi-Palembang-Singapura dhatêng Saigon. Lampah punika tumrap sêrat-sêrat limrah kawêwahan 5 gr. ugi ngêwrat kartupos 10 sèn tuwin postwissel. Tumrap kintunan wau ing pojoking amplop prênah nginggil sisih kiwa kacirènana Per Luchtpost/Par Avion.

Bupati Kendal. R.M.A.A. Notoamijoyo, Bupati Kêndal, kakèndêlakên kanthi hurmat.

Parêpatan para landbouwconsulent. Ing Malang mêntas wontên parêpataning para landbouwconsulent golongan Jawi Wetan, dipun pangajêngi dening Tuwan W.E.K. Baron van Lijnden, wd. Hoofd prov. landbouwvoorlichtingsdienst. Ingriku ngrêmbag babagan têtanèn kanthi toneel minangka propaganda. Ugi mawi mitongtonakên gambar-gambar sorot dening Ir. Wulff, hoofd landbouwkundig instituut ing bab babagan bibit ing Malaka.

Muring-muring golongan Arab ing Surabaya sirêp. Sampun sawatawis dintên golongan Arab ing Surabaya sami muring-muring, jalaran wontên toneel ingkang dipun adani dening P.A.I. ingkang raosipun ngrèmèhakên dhatêng golongan Arab. Bab punika lajêng dipun dhatêngi Tuwan Alatas, warga Raad Kawula, lajêng sagêd dipun sirêp. Saha salajêngipun toneel wau, ingkang dipun namakakên Fatimah botên badhe dipun pitongtonakên malih.

S.D.S. mlampah ing wanci dalu. Wiwit benjing tanggal 27 Augustus dumugi tanggal 12 Sèptèmbêr ngajêng punika, ing salêbêtipun ing Purwokêrto wontên pasar malêm, S.D.S. badhe ngawontênakên tram mlampah ing wanci dalu. Tram ingkang saking Purbolinggo bidhal jam 7, wangsul jam 1 dalu.

Malaria nyandèkakên paradanipun wadya lautan. Jalaran saking ngrêbdaning sêsakit malaria ing Tanjungpriok pangagênging wadya lautan mara-marakakên dhawuhing parentah, bilih benjing tanggal 31 Augustus punika, wadya lautan botên tumut parade wontên ing Bêtawi, kasamarakên manawi jalaran saking labuhing kapal wontên Tanjungpriok lajêng wontên tiyang ing kapal lajêng kêtularan malaria. Makatên ugi ing bab barisan kapal pêrang benjing tanggal 6 Sèptèmbêr inggih dipun sandèkakên. Dene barisan kapal pêrang wau badhe katindakakên wontên ing Surabaya, ugi tanggal 6 Sèptèmbêr.

Sêrêgan ingkang raos asrêp. Advertentie-Bureau en Uitgeversbedrijf De La Mar ing Bêtawi, nyêrêg dhatêng toko jampi bangsa Tionghwa Anggur Prawan ugi ing Bêtawi anggèning pasang pariwara wontên ing sêrat kabar ingkang sairib kalihan gambaripun Advertentie-Bureau wau ingkang kangge reclame Philips. Panyêrêgipun wau kaanggêp nyambut tanpa têmbung. Ing bab punika De La Mar nêdha kapitunan f 50.-, saha arta wau lajêng kangge darma Fonds amal Tiongkok. Anggur Prawan ingkang dipun sêrêg dhangan ing manah, lajêng ambayar, salajêngipun sampun kapasrahakên dhatêng warganing fonds wau.

[Iklan]

--- 1050 ---

[Grafik]

Dados wakil mahaguru ing pamulangan luhur pangadilan ing Bêtawi. Inginggil punika ngêwrat gambaripun Mr. Dr. Radèn Supomo, pangarsa Landraad ing Purworêjo, ingkang katêtêpakên dados wakilipun Prof. Mr. B. ter Haar mahaguru ing pamulangan luhur pangadilan ing Bêtawi, kados ingkang sampun sumêbar mênggah ing pawartosipun.

Darah Honggowongso. Gêgayutan kalihan pèngêtan adêging karaton Surakarta sampun 200 taun, wontên babadan komite ingkang ugi tumindak angguyubi, ingkang madêg saking darahipun Mas Tumênggung Honggowongso, satunggiling bupati ingkang katingal kala jaman pindhahipun karaton Kartasura dhatêng Surakarta. Komite wau warganipun: K.P. Jurumartani, ing Surakarta, K.R.A.A. Arungbinang, Bupati Kêbumèn, K.R.A.A. Sosrodiprojo, Bupati Wonosobo, K.R.A.A. Danusugondo, Bupati Kêdu tuwin K.R.A.A. Sumitro Kolopaking Purbonagoro, Bupati Banjarnegoro.

Sèlèhing kajêng bab panduman loterij dhatêng Muhammadiyah. Wontên wiraosan, ing bab loterij ingkang sampun dipun gêbag, wontên ingkang nyêbutakên "kangge Muhammadiyah", punika nyatanipun Muhammadiyah namung angsal panduman f 8000.-, têka botên sadaya. Bab punika Hoofdbestuur Muhammadiyah lajêng mitêrang dhatêng Departement van Justitie. Mênggah katranganipun, têtêmbungan ingkang kawrat ing loterij wau botên atêgês pandumanipun dhatêng ngriku sadaya, punika namung mêndhêt, ing kala punika namaning Muhammadiyah ingkang pinuju dhawah giliran ingkang kapacak. Dene nyatanipun, ugi kathah pakêmpalan-pakêmpalan sanès ingkang nêdha panduman kados makatên.

Suntikan pest ing Bandung. Wiwit benjing tanggal 1 Sèptèmbêr ngajêng punika, regentschap Bandung badhe wiwit nindakakên suntikan pest. Ing sabên dintên badhe nyuntik tiyang 1500. Kintên-kintên ing tanggal 4 Februari 1939 sampun rampung.

S.S. nyobi lampah Surabaya-Malang. Benjing wiwit tanggal 1 November ngajêng punika, S.S. badhe miwiti ngrikatakên lampahing sêpur saking Surabaya dhatêng Malang, tuwin kosok-wangsulipun. Rikating lampahipun badhe kadadosakên 100 km ing dalêm saêjam.

Pamulangan luhur dhoktêr. Lulus doctoraalexamen kapisan, Tuwan-tuwan Achmad Effendi, R. Sudarmaji, R. Sudarso, Tan Thong Hoo tuwin Thung Liong.

Patilasan ing Krapyak, Ngayogya. Ing sakidul kitha Ngayogya wontên patilasan ingkang pandamêlipun sêsarêngan kalihan pandamêlipun tamansari. Patilasan wau ing kina krapyak mênjangan, kagêm manawi panjênêngan nata lêlangên ambêbujêng. Ingriku wontên griya-griyanipun tembok sampun risak, ing kinanipun kagêm palêrêman. Miturut wartos, patilasan wau badhe dipun mulyakakên dening pakaryan babagan barang kina.

Tiyang minggah kaji. Ing taun punika kathah tiyang ingkang badhe minggah kaji. Dumuginipun sapunika tiyang ingkang gadhah panêmbung dhatêng Kongsi Tiga sampun wontên tiyang 3500. Ingkang badhe kangge ngangkatakên dipun sadhiyani kapal 12, inggih punika kapal: Pulo Rubiah, Pulo Laut, Kota Baru, Polyphemus, Tawali, Sukabumi, Promotheus, Kota Nopan, Tarakan, Phrontis, Kota Candi, Tayandun tuwin Polydorus. Pulo Rubiah bidhal ing wêkasaning wulan punika, dene Pulo Laut ing wiwitaning wulan Sèptèmbêr. Ingkang minggah kaji punika ingkang kathah saking Sumatra tuwin Borneo.

Sampun damêl sarêm malih. Wiwit tumapaking mangsa têrangan punika, pasarêman ing Madura sampun wiwit damêl sarêm malih. Nanging jalaran saking kawontênaning mangsa, pamêdalipun ing taun punika badhe suda.

Sêsakit malaria ing Serang. Ing bawah ondêr dhistrik Cimarga, Serang, pinanggih wontên têtiyang kêtrajang sêsakit malaria. Ing bab punika Pakaryan Kasarasan tuwin pangrèh praja lajêng nindakakên rêrigên sampun ngantos kêlajêng-lajêng nular.

Politieschool. Tumrap pangajaran dados hoofdagent ing Politieschool ing Sukabumi, ingkang katampèn wontên tiyang 77. Cacah samantên wau ingkang tiyang siti namung 6, M. Haryaya, R. Kusman, Prawiradinêgara, Abu Bakar, Siregar, Lukman Supartadisastra tuwin Suhud Natakusumah. Ingkang 71 bangsa Eropa.

Kangjêng tuwan ingkang wicaksana paring darma. Kawartosakên, Kangjêng tuwan ingkang wicaksana aparing darma dhatêng paboyongan I.E.V. Giesting ing Lampung tuwin griya pamiyaran lare lola gadhahanipun pakêmpalan wau kathahipun f 500.-.

Tatanan tumrap griya pamulangan. Wêwakiling parentah ing Raad Kawula aparing katrangan, bilih griya-griya pamulangan kêdah dipun dandosi manut wêwangunan ingkang dipun tamtokakên. Botên kenging kadamêl sakajêng-kajêngipun.

NAGARI WALANDI.

Jubileumtentoonstelling. Miturut wartos saking Amsterdam, sampun ambikak Jubileumtentoonstelling, kathah ingkang migatosakên. Voorzitter comite Trip mêdharsabda, mratelakakên kajênging tentoonstelling punika, inggih punika ngatingalakên kamajêngan ing salêbêtipun Sri Bagendha Maharaja Putri jumênêng nata. Tumrap tanah Indiya ing bab jêmbaring kabudayan, bab lisah tuwin sanès-sanèsipun.

Sultan Langkat. Tindakipun Sultan Langkat sampun dumugi Den Haag.

ASIA.

Rêrêsah ing Palestina. Kala tanggal 13 ing sacêlakipun Nablus wontên campuhaning wadya Inggris tuwin golongan Arab ingkang pating salêbar. Wontên tiyang Arab ingkang tiwas tuwin pintên-pintên ingkang kacêpêng sami nandhang tatu. Ing margi agêng Jaffa tuwin Jeruzalem wontên tiyang Yahudi 2 dipun sanjatani, sami nandhang tatu rêkaos. Ing sacêlakipun Nablus wontên pulisi Arab dipun sênjata. Ing sacêlakipun Tulkarem wontên bom dhawah ing sêpur ingkang momot barang-barang. Pintên-pintên gêrbong ingkang uwal saking ril. Wontên pipa lisah ingkang dhatêng lautan têngah dipun pêdhot ing tiyang wontên sacêlakipun Baisan.

Wadya Tiongkok unggul. Wadya Tiongkok ing Tungkwan sagêd majêng ingkang langkung saking pangintên ngangsêg dhatêng Shansi, laminipun 2 minggu. Ingriku sagêd ngrêbat kitha-kitha Yuanchu, Anchih, Hsinshui tuwin Kwanglin. Ing salêbêtipun kalih dasa dintên, wadya Tiongkok sagêd damêl tiwasing wadya Jêpan 13.000, nawan wadya Mansyukuo 580, wadya Jêpan ingkang kêtaton 4600, sagêd ambêskup sanjata 2604, sanjata mêsin 86, ingkang ènthèng 343, sêpur 80, vrachtauto 200, tuwin sanès-sanèsipun.

--- 1051 ---

Wêwaosan

Anakipun Tarsan.

Pêpiridan saking buku karanganipun Edgar Rice Burroughs.

9

IV

Pêjahipun Polwic ingkang dipun kêrêg dening kêthèk bangkokan ingah-ingahanipun piyambak wau, lajêng dados rêmbag ing sêrat-sêrat kabar ing Londhên kanthi rame sangêt ngantos sawatawis dintên dangunipun. Lodgrèstuk ugi maos pakabaran ingkang makatên punika. Murih asmanipun sampun kabêkta-bêkta, panjênênganipun botên kêndhat anggènipun tansah jagi-jagi. Amila sabên dintên panjênênganipun botên towong anggènipun mundhut priksa dhatêng pulisi ing bab anggènipun ngupadosi kêthèk bangkokan. Botên beda kados tiyang kathah, makatên ugi Lodgrèstuk tansah migatosakên dhatêng musnanipun kêthèk ingkang amêjahi ingkang ngingah wau. Botên watawis dintên panjênênganipun Lodgrèstuk nampi pawartos, bilih ingkang putra dèrèng dumugi ing sêkolahan ingkang dipun sêdyakakên ing sakawit. Ewasamantên ing kala punika Lodgrèstuk ugi dèrèng kagungan panyana, bilih dèrèng dumuginipun ingkang putra wontên ing sêkolahan wau, sagêd ugi gêgayutan kalihan musnanipun kêthèk bangkokan ingkang amêjahi Polwic, sarêng sampun kapêngkêr sawulan, saking panitinipun pulisi, lajêng wontên pawartos, bilih putranipun botên èstu bidhal saking Londhên, nanging ujug-ujug lajêng mandhap saking sêpur, saha lajêng dhatêng ing griya pondhokanipun Polwic. Ing ngriku Tarsan lajêng mangrêtos, bilih ingkang putra botên kenging botên têmtu gêgayutan kalihan musnanipun kêthèk bangkokan wau.

Sasampunipun kusir kreta ngêtêrakên Jak dumugi ing ngajênging griya pondhokanipun Polwic, lajêng botên wontên tiyang sanès ingkang nyumêrêpi kadospundi kadadosanipun Jak salajêngipun. Makatên ugi botên wontên tiyang ingkang sumêrêp dhatêng pundi plajêngipun kêthèk bangkokan. Tiyang ingkang nyewakakên griya pondhokan dhatêng Polwic, sarêng dipun têdahi gambaripun Jak, sanalika botên pangling, saha lajêng nyariyosakên, bilih lare punika ingkang asring sangêt nuwèni Polwic wau, nanging kajawi punika piyambakipun botên sumêrêp punapa-punapa. Ing sacakêtipun griya pondhokanipun Polwic punika wontên pagêripun tembok ingkang inggil. Miturut katêranganipun pulisi ingkang anitipriksa kawontênanipun ing ngriku, kados mokal saupami lare wau sagêda miruda mêdal ing ngriku.

Kacariyos, lêt sadintên saking pêjahipun Polwic wau, ing palabuhan ing Dhopêr wontên lare jalêr neneman anganthi êmbahipun èstri ingkang pinuju sakit, minggah ing baita. Tiyang èstri sêpuh wau kêkudhung rapêt sangêt. Lan jalaran saking sakit tuwin ringkihipun, anggèning minggah dhatêng baita malah kapêksa kêdah dipun gotong mawi kursi.

Lare neneman wau botên suka manawi wontên tiyang ingkang nêdya ambantu, sadaya-sadaya badhe dipun tandangi piyambak. Dalasan rêrêsik kamar kemawon, mêksa badhe dipun lampahi piyambak. Miturut cariyosipun, êmbahipun punika sakit bingung, manawi sumêrêp tiyang sanès, sok lajêng saya sangêt sêsakitipun wau. Jalaran saking punika botên wontên tiyang ingkang sumêrêp kawontênanipun ing salêbêting kamaripun wau. Dene mênggahing lare neneman, wujudipun Inggih limrah botên beda kados lare sanès-sanèsipun, badanipun gagah lan saras. Kadhangkala lare wau ugi asring mêdal saking kamaripun, saha lajêng kêkêmpalan kalihan têtiyang ingkang sami numpak kapal sanèsipun, utawi kalihan para opsiring kapal, malah kadhangkala ugi sok ngêmpali para matrus. Sêsrawunganipun andêmênakakên sangêt, amila sadaya tiyang ing baita wau sami rêmên dhatêng lare neneman kasêbut ing nginggil.

Têtiyang ingkang sami numpak baita wau, wontên satunggal ingkang asli saking Amerikah, nama: Kondhon. Mênggah nyatanipun, Kondhon punika satunggiling durjana tuwin tukang ngapusi, ingkang wontên ing Amerikah tansah pinadosan ing pulisi. Ing sakawit piyambakipun botên mrêduli babarpisan dhatêng lare neneman wau, nanging ing satunggiling dintên piyambakipun andêngangi lare neneman wau angrogoh gulungan arta krêtas saking kanthongipun. Wiwit punika Kondhon lajêng tansah ambudidaya sagêda sêsrawungan kalihan lare neneman punika. Kanthi gampil piyambakipun sagêd pikantuk katêrangan, bilih lare neneman wau kesahipun namung kalihan êmbahipun [ê...]

--- 1052 ---

[...mbahipun] èstri kemawon, tur êmbahipun sawêg ginanjar sakit sangêt. Dene tiyang kalih wau ingkang nêdya kajujug ing tanah Aprikah sisih kilèn. Kajawi punika Kondhon sumêrêp, bilih namanipun lare neneman wau: Biling lan ing papan ingkang badhe dipun jujug wau, botên anggadhahi sadhèrèk utawi mitra. Nanging punapa sêdyanipun wontên ing ngriku, lare neneman wau botên purun balaka. Ing bab punika Kondhon botên nêdya ngoyak-oyak, sêsêrêpan ingkang samantên wau, tumrap piyambakipun sampun anyêkapi kangge kabêtahanipun.

Sampun rambah-rambah Kondhon nyobi ngajak main kêrtu dhatêng lare neneman wau. Nanging ingkang minôngka badhe kangge kurbanipun wau tansah botên sagah angladosi. Para numpak baita sanès-sanèsipun ing sêmu nêpsu sangêt dhatêng Kondhon anggènipun tansah ngojok-ojoki main dhatêng lare neneman wau, ing wusana Kondhon lajêng ajrih, sarta nuntên ngupados akal sanès anggènipun nêdya ngangkah artanipun lalare. neneman kasêbut ing nginggil.

Sarêng anggènipun lêlayaran sampun watawis dangu, ing wusana baita wau lajêng labuh wontên pasisir ingkang cêlak wana parêdèn. Dene ingkang katingal saking baita, kadosdene ngongkang sagantên, los-losan cacahipun sadasa, ingkang mracihnani, bilih ing ngriku punika sampun sawatawis kasrambah ing kasusilan. Ing sawingkinging los-los watawis têbih, wontên ing sapinggiripun wana, katingal gubug pintên-pintên, inggih punika griyanipun tiyang siti ing ngriku.

Lare jalêr neneman kasêbut ing ngingil, ing kala punika leyangan ing hèking baita kalihan anêningali kawontênanipun ing ngriku, nanging ingkang tansah dipun tingali punika, sanès griya-griya damêlan tiyang ingkang pating jênggunuk wontên ing pinggiring sagantên, ngêmungakên wana parêdèn ingkang katingal ijêm maya-maya wit-witanipun. Kadospundi ingkang dados gagasanipun lare wau, botên wontên tiyang ingkang badhe sagêd anggagapi. Dumadakan ing kala punika lare wau kèmutan dhatêng ingkang rama tuwin ingkang ibu, ingkang ing samangke têmtunipun nandhang sungkawa agêng dene katilar ingkang putra tanpa kasumêrêpan dhatêng pundi purugipun. Sanalika ngriku piyambakipun ngraos kaduwung dene dados jalaran sungkawanipun ingkang rama tuwin ingkang ibu wau. Salêbêtipun lare neneman anggagas ingkang makatên punika, dumadakan lajêng mirêng suwaranipun opsir kapal ing sacakêtipun ngriku, ingkang sawêg suka prentah dhatêng punggawanipun angandhapakên momotan wontên palabuhan alit wau.

Lare neneman lajêng anyakêti opsir wau sarta apitakèn: Benjing punapa wontên kapal malih ingkang saking ngriki bidhal dhatêng Inggris.

Opsir kapal mangsuli: Sawatawis dintên malih kapal ingkang nama Emanuèl dumugi ing ngriki, ingkang lajêng têrus dhatêng Inggris. Sasampunipun cariyos makatên wau, upsir kapal lajêng anglajêngakên anggènipun suka prentah dhatêng para punggawanipun wau.

Kadosdene ingkang sampun kacariyosakên ing ngajêng, sêdyanipun lare jalêr tuwin êmbahipun èstri wau badhe dhatêng Aprikah sisih kilèn. Dene palabuhan alit ingkang dipun kèndêli ing baita wau, sajatosipun inggih wontên ing Aprikah ingkang sisih kilèn, amila tiyang kêkalih wau inggih kêdah mandhap wontên ing ngriku. Tumrapipun lare jalêr kasêbut ing nginggil, kanthi kangelan sarta rêkaos sangêt anggènipun mitulungi ngandhapakên êmbahipun èstri saking baita dhatêng baita jungkung ingkang ambêkta dhatêng ing dharatan. Awit lare wau botên suka tiyang sanès ambiyantu, sadaya-sadaya namung badhe katindakakên piyambak. Nanging danguning-dangu êmbahipun èstri wau inggih sagêd dipun andhapakên wontên ing baita jungkung. Sarêng êmbahipun èstri sampun sagêd angsal papan ingkang sakeca, piyambakipun lajêng linggih anjèjèri. Mênggahing lare neneman punika, jalaran saking tumêmênipun anggèning anjagi êmbahipun èstri wau, ngantos botên sumêrêp, bilih gêbunganipun arta kêrtas dhawah ing sagantên.

Sarêng lare neneman tuwin êmbahipun èstri wau sampun mandhap ing dharatan, Kondhon enggal-enggal ngundang tiyang tukang baita, kapurih ngandhapakên wontên ing palabuhan ngriku. Sadumuginipun ing dharatan, piyambakipun anyingkiri gêdhong susun kalih, inggih punika hotèl ingkang dipun pondhoki dening lare neneman tuwin êmbahipun èstri wau. Mênggah pikajêngipun, supados para ingkang numpak baita sanès-sanèsipun, sampun ngantos anggadhahi pandakwa, bilih Kondhon nêdya tindak awon dhatêng lare neneman punika. Dene anggènipun purun lumêbêt ing ngriku, sarêng sampun pêtêng babarpisan.

Ing kamar wingking ing lotèng ingkang nginggil piyambak, kanthi rêkaos lare neneman wau suka katêrangan dhatêng êmbahipun èstri, bilih piyambakipun nêdya wangsul dhatêng Inggris malih. Saha anêrangakên, bilih êmbahipun èstri kenging kantun wontên ing Aprikah ngriku, nanging piyambakipun piyambak wajib kêdah wangsul dhatêng panggenaning tiyang sêpuhipun malih, ingkang ing kala punika têmtu nandhang sungkawa ingkang tanpa upami dening musnanipun piyambakipun wau. Sarêng sampun anêrangakên punapa ingkang dados pikajênganipun dhatêng êmbahipun èstri, lare neneman wau lajêng sagêd tilêm kanthi sakeca, tuwin lajêng anyupêna pinanggih kalihan rama ibunipun. Badhe kasambêtan.

--- 133 ---

No. 34, 20 Augustus 1938, Taun IX

TAMAN BOCAH

INGKANG NGÊMBANI: BU MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CENTRUM. RÊGANE SATAUN f 1.50 KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN. BAYAR DHISIK. LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.

RUMASANE WIS GÊDHE.

Ana bocah jênêng Harno, iku sasêdulur kalêbu sing ênom dhewe, umure kira-kira limang taun, duwe kangmas siji lan mbakyu uga siji. Kangmase aran Harso, wis sêkolah, malah wis nang klas 6, dene bakyune ana ing klas 3. Harno dhewe durung sêkolah, jalaran umure durung gênêp 5 taun. Mungguh kênaa mêngkono, pancène wis kêpengin bangêt sêkolah. Yèn sêdulure lagi padha sinau maca utawa etung, wah anggone ngrungokake, kêtara bangêt yèn kêpengin bisa kaya sêdulur-sêdulure mau, apamanèh yèn kangmase lagi nunggang sêpedha, wah anggone kêmêcêr. Dhèwèke uga duwe sêpedha, nanging sing rodha têlu, yèn dolanan utawa nunggang sêpedhane sing rodha têlu mau ora kêna mêtu saka pêlataran.

Anuju sawijining dina Harno lagi dolanan manèh ana ing pêlataran, dumadakan wêruh sêpedhane kangmase sumendhe ana ing tembok, pamikire Harno: "Coba aku tak nunggang sêpedhnesêpedhane. mas Harso, ketoke kok gampang têmên sêrrr...! sêrrr...! Aku rak iya wis gêdhe ta, yèn nunggang sêpedha sing rodhane têlu rak ya wis kêgêdhèn aku iki. Yèn aku ora bisa nunggang sêpedhane mas Harso, mundhak ora disêkolah-sêkolahake dening ibu, disêngguh isih cilik bae." Nanging barêng ngadêg ana sangarêpe sêpedha mau, kok ora gadug arêp munggah ing zadel. Enggal-enggal anjupuk kursi kanggo pancadhan; ananging sarèhne ora kuwat njunjung, kursine banjur digèrèd kanthi rêkasa. Ora antara suwe kursi wis ana ing sacêdhake sêpedha mau. Harno munggah kursi nuli lungguh ing zadeling sêpedha. "E, la kok seje karo sêpedhaku."

Pamikire, "Sikilku kok ora bisa gadug ing pedhale." Mula banjur ora bisa mingsêr-mingsêr.

Ora antara suwe nuli nêmu akal. Sikil sing têngên madal tembok sarosane, sêpedha bisa maju, nanging ngêgèt sarta kêbantêrên, wêkasane gêntawing, Harno tiba kêwalik kêtindhihan sêpedha. Wah larane tanpa upama.

Dhisike Harno arêp ora nangis, nanging ora bisa obah, amarga kêtindhihan sêpedha kang abot mau. Suwe-suwe olèhe crocosan sarta jêrit-jêrit sarosane, nganti kamirêngan ing ibune, kang enggal-enggal mêtu niliki.

Ibune bangêt kagète barêng krungu anake bêngok-bêngok ana ing ngisor sêpedha. Enggal sêpedhane dijunjung, tangan lan sikile Harno digagapi, tujune ora ana sing putung. Harno nuli dibopong lan ditakoni apane sing krasa lara. Harno nuduhake dhêngkule sing babak, gêtihe dleweran, saka kêna krikil lancip-lancip.

Tatune Harno banjur dirêsiki, ditambani nuli diblêbêd dening ibune. Saiki larane wis suda.

Ing saiki Harno wis mangêrti lan rumasa isih kêcilikên, durung bisa nunggang sêpedha rodha loro.

Sawise diênêng-ênêngi lan diwènèhi panganan ing ibune. Harno banjur calathu: "Bu, bu, aku ora manèh-manèh nunggang sêpedhane mas Harso, prasaku kok sêpedhaku luwih apik katimbang karo duwèke mas Harso."

B.M.

--- 134 ---

LANGÈN.

[Grafik]

Bocah-bocah akèh sing padha ngêrti gunane langèn, yaiku panunggalane ulahraga. Tumrape wong ing nagara Eropah langên iku kêgolong ulahraga utama.

Ing dhuwur iki gambare para ulahraga langèn ana ing kali Sambas, tanah Borneo.

ORA NYANA.

Dhèk jaman biyèn ana sawijing ratu sing bangêt digdayane, kongsi akèh para ratu liya nagara sing padha anungkul aris. Panjênêngane kagungan pramèswari kang bangêt ditrêsnani; luwih-luwih barêng sang pramèswari anggarbini, saya mundhak sihe. Nanging kawruhana ana sawijining ampile sang prabu sing sêrik marang sang pramèswari, nêdya gawe piala, matur sang prabu sing ora-ora, nanging ature ora didhahar babarpisan.

Kacariyos barêng sang pramèswari ambabar, miyos kêmbar, kakung kabèh, banjur dicolong dening ampil sing srèi, lan drêngki mau, disalini kirik. Dene jabang bayi mau nuli diwadhahi bokor loro, ngutus Kêmplu, yaiku sawijining punakawan, ngèlèkake ing bêngawan. Nanging sing anggumunake, dene barêng bokor loro mau kasèlèh ing banyu, sing siji mandhêg bae, êmoh ngentir, sijine anggêblas rikat bangêt, bêbasan sakêdhèping netra, wis ora ketok. Mangkono mau ndadèkake ndomblonge Si Kêmplu, nganti ora wêruh yèn dhèwèke dicêkêl punggawa kono lan bokor isi jabang bayi nuli dikon anggawa, arêp dilapurake sang prabu.

Kocapa sig ana kêdhaton, ampil sing ambêk siya mau, banjur gita-gita atur uninga marang sang prabu, yèn sang pramèswari ambabar miyos kirik. Midhangêt atur mangkono mau, sang prabu bangêt dukane, arêp nyarirani sang pramèswari piyambak. Barêng kêris arêp ditamakake, kêsaru têkane punggawa mau ngirid Kêmplu karo anggawa bokor isi jabang bayi, dene aturi:aturipun. Dhuh gusti pêpundhèn ulun, mila abdi dalêm kumapurun munjuk ingarsa paduka, mbotên tinimbalan. Punika pêrlu badhe ngaturakên, pun Kêmplu badhe ngèlèkakên jabang bayi dipun wadhahi bokor, ing mangka bokor wau bokor kadhaton, mila kawula cêpêng saha kawula unjukakên ing ngarsa dalêm. Sang prabu barêng midhangêt ature punggawa banjur nyarèhake karsane nuli ngunandika: "E, Kêmplu bayine sapa kang arêp sira kèlèkake kuwi?"

Kêmplu banjur munjuk apa larah-larahe, mula ampil mau nuli dikêthok gulune, dene Kêmplu ditundhung ora parêng manggon ana nagara kono. Jabang bayi mau nuli diparingi aran Pangeran Jabaran.

Enggokna manêngên! Rikaat uculana tali-taline! Ayooo! iku! iku! Udhuna layare!

Mangkono suwara pangkate Pangeran Jabaran kang saiki wus diwasa dadi nangkodane prau layar, jalaran diutus sang prabu mênyang tanah sabrang nyaosake batur tukon kanggo tandha sih katrêsnan.

Kacarita gegeran sing kasêbut dhuwur mau, nalika lakuning prau durung adoh saka nagarane sang prabu, wis nêmoni bêbaya angin sing gêdhe bangêt, diuncal-uncalake mrana-mrene. Cagake layar putung dadi pirang-pirang, lakune prau mau banjur manut sakarêpe angin, kayadene digawe dolanan.

Bison. (Ana candhake).

BATANGANE CANGKRIMAN HANDOYO PANINGGARAN.

Takêran sing 4 litêr diisèni lênga kêbak, banjur diêsokake ing takêran sing 10 litêr. Takêran sing 4 litêr diisèni manèh kêbak, banjur diêsokake ing takêran sing 5 litêr. Takêran sing 5 litêr durung kêbak isih kurang 1 litêr. Takêran sing 4 litêr banjur diisèni manèh kêbak lan diêsokake ing takêran sing 5 litêr. Turahe lênga sing ana ing takêran sing 4 litêr, kari 3 litêr. Lênga 3 litêr iki banjur diêsokake ing takêran sing 10 litêr mau. Dadi takêran sing 10 litêr isi lênga 4 litêr + 3 litêr = 7 litêr. Lênga 7 litêr iki banjur diwènèhake marang bocah mau.

--- [135] ---

CANGKRIMAN TAUN 1938 (PÊNGASAH PIKIR).

[Grafik]

Manêngên.

1. Cêkakane Bale Pustaka. | 3. Kali ing Borneo. | 5. Bumbu pawon. | 9. Kawine sagara. | 10. Kanggo udud. | 11. Omah panggonane wong dol-tinuku. | 16. Kutha ing Sumatra. | 17. Gunung kang dhuwur dhewe satanah Jawa. | 18. Pênanggalan.

Mangisor.

2. Kutha ing Borneo | 4. Kutha ing Jawa Wetan. | 3. Lêlara kulit. | 5. Asmane kang ngêmbani T.B. | 6. Araning wayang lulang. | 7. Peranganing awak. | 8. Cara mlayune sêga. | 12. Titêl. | 13. Wadhah buku-buku. | 14. Araning kewan banyu. | 15. Araning inuman.

Handoyo, Paninggaran.

LÊLUCON.

Ana ing pamulangan.

Guru : "Apa têgêse B.M.S.T.T.?"

Murid A : "Bawor Marani Sêmar, Togog Têka."

Murid B : "Lêpat, lêrêsipun Bêndara Mantri Sesuk Tindak Têgal."

Murid C : "Lêpat, lêrêsipun Bu Mar Sing Tak Trêsnani."

South.

Guru : "Bocah-bocah, manawa ana jêro klas kudu mênêng kabèh, nganti kowe kabèh padha bisa krungu tibaning dom."

Sanalika bocah-bocah padha mênêng kabèh. Dumadakan Surat muni : "Pak Guru, mbenjing punapa anggèn panjênêngan ndhawahakên domipun?"

N.D. Juni.

Upama.

A : "Upama wayah bêngi, kowe mlaku-mlaku ing satêngahe alas gung liwang-liwung, dilalah kêpêthuk macan, apa kowe ora wêdi?"

B : "Ora!"

A : "Apa sababe kok kowe ora wêdi?"

B : "Sabab, iku mung upama bae!"

Sutarno, Balikpapan.

Padune kêpengin.

Sardi : "Esuk-esuk kok tuku rujak ta, No, kaya wong nggragas!"

Sarno : "Yèn arêp, ambok iya tuku, timbang ngêlokake."

Sardi : "Êndi dhuwite, daktuku."

Tuk, Wlingi.

Modern.

Bu gêdhe nyênèni anake wadon: "Bocah saiki ora ngêrti gawean ngomah, gawene playon bae, hara Sri, dom kuwi kanggo apa?"

Sri : "Mêsthine bae... kanggo ngunèkake gramofoon."

S. Har.

BATANGANE CANGKRIMAN DHÈK SÊTU BURI.

1. T. | 2. Sak. | 3. Kamal. | 4. Salaman. | 5. Dêgan ijo. | 6. Taman Bocah. | 7. Pupuran. | 8. Kancil. | 9. Payon. | 10. Bal. | 11. H.

--- [136] ---

ORA NÊTÊPI JANJI.

Dhèk jaman biyèn ana alas gêdhe, ana sawijining ratu sing arêp mbêbêdhag karo pêdhèt, wêdhus lan cêmpe. Olèh-olèhane arêp diêdum warata. Mêsthine bae kewan têlu cilik-cilik mau matur sêndika lan uga mêmuji marang kaadilane ratune. Pêdhèt dikon ana sisih lor, cêmpe ana wetan, wêdhus ana kidul lan singa bakal nanggulangi mangsane ing sisih kulon.

Nuli wiwit nggropyok; ora antara suwe cêmpe bisa olèh kidang, andadèkake bungahe kewan papat mau. Barêng wis padha nglumpuk, singa banjur calathu: "Saiki daketunge, ana kewan pira sing nggropyok iki mau... pêdhèt, wêdhus, cêmpe, singa... ana papat, dadi kidange dakbagi dadi papat... Lah, sing saprapat iki: aku, awit, iki bageanku, sing saprapat iki iya bageanku, awit aku iku ratumu, lah sing saprapat iki ya aku manèh sing anduwèni, amarga aku iki rosa dhewe, lan... sapa-sapa sing wani anjupuk sing saprapat iki, bakal dakmangsa saiki uga!"

Kewan têlu liyane banjur padha lunga saka kono kanthi gêla pikirane lan sanalika iku uga ilang pangaji-ajine nyang ratune, awit ratu kang dikira adil dhèk mau kae tibane atine ala lan watake murka.

Amy.

LÊLAGON.

Lagu ijo-ijo.

I. Ijo-ijo godhong waluh, | Waluh kênthi mrèmbèt pagêr | Ayo kanca ngudi kawruh, | Sing tabêri cikbèn pintêr.

II. Ulik-ulik, manuk tuhu, | Manuk tuhu saba bêngi, | Mumpung cilik dha sinau, | Lan bêcik sing ngati-ati.

III. Tuku nanas nggawa bantal, | bantal dawa dinggo turon, | Ing jroning klas aja nakal, | Ora kêna padha guyon.

IV. Tuku nanas durung matêng, | Nanase didhahar ibu, | Ing jroning klas kudu antêng, | Manuta dhawuhing guru.

V. Cah klêlêp dicokot asu, | Asu lara mangan kupat, | Srêgêpa nggone sinau, | Cikbèn bisa munggah pangkat.

VI. Mbêdhil macan mlayu ngetan, | Macane mangan mênjangan, | Kapintêran iku gaman, | kanggo gêdhe golèk pangan.

MANGSULI LAYANG.

Sunyoto p/a M. Prawirodiharjo. Gep. Klerk. S.S. Waru. Pitakonmu bab sayêmbara sabun lux aku kok ora pati têrang, jalaran aku dhewe iya ora milu. Mêsthine yèn wis kabukak, iya ora suwe banjur kapacak, sing uwis rak iya mêngkono, ta.

Parikesitty, Blitar. Dhèk biyèn kowe wis tau nakokake salah sawijining kêponakane Bu Mar kang manggon ing Bandung, ing ngisor iki adrèse, yèn kowe duwe pêrlu apa-apa, S. Arnida c/o R. Cokrosudarmo Ciguriang 128/15C Bandung.

Siti Marlikin, L.L.M.J.S. Tipar, Purwokêrto. Kirimanmu lêlucon wis daktampa. Pancène karanganmu iya apik-apik, nanging sing loro, yaiku "Mêlasi" lan "Cakar" ora mêsthine kanggo Taman Bocah. Lêlucon kaya ngono kuwi pantês-pantêse kanggo wong tuwa. Dene sing liyane loro, yèn ana papan, bokmanawa kapacak.

Sutarsih, L.L. Rêtna Murti, Rêmbang. Pitêpunganmu wis daktampa kanthi sênêng. Sukur, yèn kowe milu urun ngisèni Taman bocah. Nanging karangan sing kokkirimake isih kurang apik, coba yèn kowe kobêr gawea manèh. Wis jamak lumrah, yèn lagi sinau kuwi ora mêsthi kabênêran.

Supiatharjiah, Ciseru. Bangêt panrimaku kokirimi prentbriefkaart, bakal daksimpên kanggo tandha pangeling-eling.

Suharto, autodienst Bandung. Layangmu wis daktampa lan aku wis ngêrti mungguh sing dadi karêpmu. Sajake kowe kok mangkêl, dene Bu Mar ora tau gêlêm macak potrète utawa ngirimake. O, To, pancèn nyata Bu Mar ki ora duwe potrète dhewe, sabên arêp motrèt, tukange motrèt ora tau gêlêm motrèt, êmbuh sabab apa. Bokmanawa besuk ya To, yèn ana sing gêlêm motrèt Bu Mar, bakal dakpacak ing Taman Bocah.

Sri Wulan, Sêmarang. O, dadi saiki kowe mbanjurake sêkolahmu nyang Sêmarang, ya sokur ta. Sanajan ta saiki ora langganan T.B., nanging karo ibumu rak ora lali ta. Yèn ana wêktu lan Bu Mar pinuju nyang Sêmarang manèh, bakal daktiliki.

Siti Keftiah, Têmanggung. Aku bungah bangêt, dene kowe arêp milu lêlumban ing Taman Bocah. Yèn ngirimi karangan nganggo postblad utawa briefkaart ya kêna, anggêre cêtha bae panulise, dene yèn akèh karangane iya nganggo layang têpungan utawa document. Geneya kowe ora ndhèrèk bapak nalika tindakan nyang Bêtawi, ndhereka rak ya banjur kêtêmu karo Bu Mar.

Mochamad Dawami, Muntok. Bangêt kagètku barêng tampa layangmu, nyaritakake yèn kowe saiki wis ora dadi guru, mingsêr juru tulis anggêntèni têtêpunganmu kang mulih nyang tanah Jawa. Ananging barêng krungu, manawa andadèkake sênêngmu dene munggah dadi juru tulis, aku banjur milu bungah lan mêmuji, muga-muga langgênga sing dadi kasênênganmu mau. Pêrkara dhuwit pêmbayaran lan owahing adrèsmu, murih gênahe, bêcike kowe ngirimana layang dhewe mênyang Administratie.

St. Andarsien c/o Beheerder Sarang, Lasêm. Andadèkake cuwaning atiku, dene kowe arêp pêpisahan karo Taman Bocah, jalaran bapakmu lèrèn anggone dadi langganan Kêjawèn. Andarsien, yèn kowe pancèn trêsna têmênan karo Taman Bocah apadene karo Bu Mar, mêsthine rak iya bisa ta dadi langganan Taman Bocah bae sing murah, dene yèn isih kakehan tumrap kowe dhewe, iya bêbarêngan karo salah sawijining kancamu.

Menakjingga, Munthilan. Wah bungahku tanpa upama, kowe arêp milu lêlumban ing Taman Bocah. Kowe mêsthine wis têpung karo kêponakane Bu Mar ing Sawangan, yaiku Kustinah lan uga para kêponakan-kêponakan bangsa Tiong Hwa ing Grabag. Ngirimana layang nyang Administratie, njaluk pariwara, mêngko rak dikirimi.

Siti Sutarti lan Siti Rusmiati c/o Muedo-Oetomo, Banyumas. Layang pitêpunganmu wis daktampa kanthi bungah lan uga Bu Mar sênêng bangêt kowe arêp padha milu urun ngisèni karangan ing Taman Bocah. Ibumu tansah ngarêp-arêp layangmu manèh.

Oei Sioe Tjwan, Pacitan. Layangmu, awèh wêruh manawa tanggal 29 arêp têka nyang Bêtawi, wis daktampa, bangêt panrimaku. Dene kowe arêp mêrlokake têka nyang omahe Bu Mar, iya bakal daktampa kanthi bungah. Apamanèh yèn karo wong tuwamu, dadi mundhak têtêpungan. Aku uga wis matur rama lan ibu Petruk, uga padha bingah.

Layang liya-liyane bakal dakwangsuli Sêtu ngarêp.

Bu Mar.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 68, Rê Lê, 27 Jumadilakir Jimawal 1869, 24 Agustus 1938, Taun XIII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1053] ---

Ôngka 68, Rê Lê, 27 Jumadilakir Jimawal 1869, 24 Agustus 1938, Taun XIII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pulo Hoorn - Makarti Tan Nyuprih - Mêncarakên Têtuwuhan Sarana Peranganing Wit - Marsudi Gêndhing Jawi - Paboyongan ing Borneo - Kawontênan Sajawining Praja, Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.

Pulo Hoorn

[Grafik]

Sêsawangan ing pulo Hoorn, laladan Bêtawi ingkang badhe dipun sambêti lampah baita saking Tanjungpriuk wongsal-wangsul.

--- 1054 ---

Wulang Sae

MarkatiMakarti. Tan Nyuprih

[Gambuh]

Tan bangkit ngikêt kidung / mung jumurung mring dêrêng kadarung / ngura gita tiniti datanpa arti / tatale têmên lan putus / pantês tulise tan maton //

batine tansah buntu / binutula mêksa maksih matu / parandene daleya ayun ngayoni / sumêngka angeka kawruh / tan wruh lamun maksih mogol //

enggale kang rinêmbug / lamun gagas mring sagunging makluk / kang gumêlar binabar ngèbêki bumi / wus winijang wajibipun / anut sakarsèng Hyang Manon //

ênêre kang tinuju / nora nêja ngijèni anjuju / bêgja papa tan tumrap angga pribadi / daya-dinayan ing tanduk / tumindak agotong-royong //

kadi ta kang winuwus / punthuk pundhung lawan gênêng gunung / sumawuring awu saking agni ardi / yèn cundhuk tibaning lêbu / nèng lêmah lêmène momot //

mêmengin tanêm tuwuh / angrêmbaka rêkah pange kukuh / rêrendhetan ri bandhil lan carang ori / kumalawèr kèhing sulur / rêrayudan ngrayut oyod //

wana gung liwang-liwung / tanpa sêla pipit têpi têpung / gora gêrot gumêrot anggêgirisi / mung sato katrêm dêdunung / madyèng wana katon kraton //

angrasa tanggon têguh / nora wêgah katêkan ing mungsuh / yèn tinasak tan rupak papane dhêlik / dhasar jênak manggon lindhuk / yèn rinundhuk malês nyaplok //

marmane têntrêm nutug / anèng wana nadyan têbih purug / mangan warêg awak katon waras wiris / tan uwas rumêksèng dunung / nora wani janma brobos //

yèn wana sêgêr subur / mahanani kèh jawah sumawur / dening mêndhung adhêm kataman ing atis / atising wana lan gunung / sayêktine misah amor //

lamun jawah tumurun / tirta mili mring lêlêdhok mudhun / kumpul kêmpal balabar dumadi kali / sinêmpal gampil tumanduk / mring sawah akêdhok-kêdhok //

kang anjog samodra gung / lirab-lirab alune gumulung / sagung warih kataman soroting rawi / kuwasa mring tawang mumbul / dadyowab nèng wiyat kamot //

sayêkti nora kêmput / yèn ingandhar mung arsa kabacut / yèn winawas kabèh kaanan wus masthi / molah malih ganti wujud / nêtêpi wajib wus manggon //

dawa-dawaning rêmbug / yèn tinanya êndi ta kang sêpuh / miwah êndi ingkang kuwat nguwasani / apa hawa apa banyu / apa lêmah apa sorot //

tuhune yèn ingudur / wola-wali datan bangkit ngulur / wit tan uning purwa madya amêkasi / manawa mung durung gathuk / ingothak-athik lan nyathok //

nging ana ingkang patut / kêni môngka darsana tinurut / pakartine banyu lêmah hawa gêni / amung tansah sung sêsuluh / marang sanggyaning dumados //

anggili lila mulung / murakabi mring kang samya sinung / sakarsane mung sumarah nayogyani / nora ngandhut malik juluk / mung lumaku kodratulloh //

babar jatining idhup / nora ngêdhap makarti sumurup / sakridhane nora sêpên nglêlubèri / rahayu sasamèng idhup / nora nyuprih nora

--- 1055 ---

ngrogoh //

sanadyan yèn tiniru / yêkti mokal langkane kang laku / jênêng urip tamtu maksih darbe pamrih / amung yèn mawa panuju / luwung bisa rada kaot //

marmane yèn dinumuk / pedah apa janma ambêg umuk / sugih umbag ing jagad anglêlanangi / sapa sira sapa ingsun / angkuh sêngguh Ngraja Pirngon //

tan tolih samèng idhup / amung idhêp rumasa gêgêdhug / gêdhêg gêdhig bêdhidhig lan antuk tandhing / dhêng-dhênge si tukang bidhung / ngêndêkkengêndêlke. ngèlmune kêdhot //

tan mèngêt ujar ayu / nora ngrasa têmbe bakal layu / ngaya-aya anggayuh kasukan ngênting / tega têgêl gilut ngèlmu / pangulahe dalan adoh //

ing Wedhatama kasbut / janma ingkang mring ngèlmu kalimput / ngèlmu karang ngèlmu kêdhot bôngsa gaib / sayêktine tan rumasuk / amung anèng jaba manggon //

benjing praptaning prêlu / nora dadi sarananing laku / bokmanawa malah angaling-alingi / yèn kêna bancanèng laku / nora ngêntasi pakewoh //

bok iya darbe rikuh / wirang mulat kaanan tumuwuh / wus kasêbut manungsa titah linuwih / darbe pikir nalar mulur / panglimbanging sae awon //

yèn ambêg sasar-susur / ambêlasar sakêsir mung bêsur / yêkti asor tiwas jêjêring ngaurip / karana ingaran manus / lire unusaning Manon //

Pak Kalang.

Wara-wara

Ing dintên punika Petruk botên mêdal, amargi nuju kapambêng. Mugi botên andadosakên cuwaning panggalihipun para maos.

[Iklan]

--- 1056 ---

Kawruh Sawatawis

Mêncarakên Têtuwuhan Sarana Peranganing Wit.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 67.

[Grafik]

Wit pêlêm ingkang dipun sambung.

Manut tiorinipun cangkokan punika botên sagêd malih, awit cangkokan punika kadadosan saking saperanganing têtuwuhan. Nanging wontên ing praktikipun botên makatên. Kathah cangkokan manawi dipun tanêm ing sanès panggenan ingkang kawontênanipun utawi hawanipun beda kalihan asalipun lajêng malih, upaminipun pêlêm arumanis ing Pasuruan dipun tanêm ing Banyumas, raosing wohipun wit cangkokan beda kalihan wohipun êmbokipun (moederboom). Ingkang makatên punika sajatosipun botên margi wataking cangkokan wau malih, nanging margi wontên watak-watak sawatawis ingkang botên sagêd katingal utawi botên sagêd ontwikkelen dipun sababakên bedaning kawontênan wau. Watak-watak ingkang botên sagêd onwikêlên wau dipun wastani latèn (latent), tandhanipun yèn watakipun wau botên malih makatên: yèn cangkokan ing Banyumas punika dipun cangkok malih, cangkokanipun dipun tanêm ing Pasuruan malih, raosing wohipun sami kalihan wohipun ingkang êmbah (grootmoederboom) kawontênan kados makatên punika salah satunggaling awonipun cangkokan. Kajawi punika taksih wontên malih awonipun cangkokan, inggih punika:

1. Yèn badhe nanêm kathah sampun mêsthi ambêtahakên pang kathah saking bibitipun, ingkang makatên punika adamêl risak dhatêng êmbokipun.

2. Manawi dipun kintunakên dhatêng sanès nagari ragadipun kathah, awit awujud pot ingkang isi tanêman.

Supados sagêd nyingkiri prakawis-prakawis ingkang kasêbut ing nginggil wau, lajêng pados akal sanès, inggih punika sarana: nyambung (enten), anggathukakên (plakken), lan nyuthat (oculeeren), ingkang badhe kula têrangakên ing wingking.

5. Mêndhêm (afleggen).

Têtuwuhan ingkang dipun pêndhêm punika limrahipun têtuwuhan ingkang alit-alit sarta adatipun ingkang angèl dipun turus utawi angèl cangkok-cangkokanipun, upaminipun: sêkar

--- 1057 ---

soka, nyonyah manis, utawi sinyo nakal, mawar lan sapanunggilanipun. Nanging sanajana wit ingkang kenging dipun turus trêkadhang inggih dipun pêncar sarana kapêndhêm, janji witipun lêmês kemawon, upaminipun sêdhah, punika langkung gampil gêsangipun tinimbang manawi dipun turus.

Mênggah sajatosipun mêndhêm punika mèh sami kalihan nyangkok, ingkihinggih. mawi dipun kêrêt kiwatêngênipun sarta dipun kêrik punapa. Nanging inggih kenging katindakakên botên sarana patrap makatên. Limrahipun ingkang dipun pêndhêm punika wit utawi pang ingkang taksih ênèm, watawis umur sataun. Manawi wit ingkang badhe dipun pêndhêm botên gadhah pang ingkang ênèm, wit wau kakêthoka sanginggilipun siti, ingriku lajêng mêdal trubusipun pintên-pintên, trubus punika ing taun ngajêngipun kenging lajêng dipun pêndhêm. Mênggah patrapipun makatên.

Pang-pangipun wit ingkang badhe kapêndhêm tumuntên dipun pêndhêm ing siti sakiwatêngênipun ingkang sampun dipun adhuk, ingkang dipun pêndhêm punika namung saperangan kemawon ing bongkot, pucukipun kaêluk utawi katêkuk muncul sanginggiling siti. Ing sandhingipun pang punika dipun cêbloki wilahan, prêlu kangge anjirêt pang wau supados adêging pangipun jêjêg. Sakiwatêngênipun pang ingkang dipun pêndhêm punika dipun cêbloki wilah ugi, prêlu kangge gondhelanipun pang ingkang kapêndhêm punika supados sampun ngantos anjêpat saking siti. Manawi pangipun inggil, pamêndhêmipun wontên ing siti ingkang kawadhahan ing kranjang.

[Iklan]

Manawi sampun mêdal oyodipun panjang, lajêng dipun kêthok saking sakêdhik, tumuntên dipun tanêm ing sanès panggenan sasitinipun pisan sarana dipun putêr. Anggènipun sumêrêp mêdal oyodipun utawi dèrèng, punika sarana dipun tuwèni rumiyin.

6. Nyambung (enten)

Wit-witan ingkang dipun sambung punika upaminipun: pêlêm arumanis kalihan pêlêm blênyik. Pêlêm gêdhong kalihan pêlêm banthèngborok. Pêlêm golèk kalihan pêlêm kodhang. Mênggah patrapipun nyambung wit punika makatên: Badhe kasambêtan.

Rutam (R.T. Adisumarta).

N.Scr. Purbalingga.

--- 1058 ---

Kagunan Jawi

Marsudi Gêndhing Jawi.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 66.

Gd. Wèsminsêtêr lr. sl. pt. sanga.

Dipun bawani lagu dolanan Lindri.

[Notasi]

kèndêl, lajêng ura-ura punapa sindhènipun, dipun iring gêndèr kemawon. Lagunipun kados ing ngandhap punika.

[Notasi]

Pola ôngka 2.

Dipun lajêngakên dhawah Gd. Wèsminsêtêr.

[Notasi]

--- 1059 ---

Ungêlipun gêndhing Wèsminsêtêr punika manawi sampun dumugi G.M IV sadaya ungêlipun pradôngga kèndêl (sirêp), ingkang mungêl namung kantun kêtêking kêndhang, ungêlipun: têk, têk, kaping 12 miturut pin, satêlasipun kêtêk kaping 12 lajêng dipun sambêt ungêlipun wilahan gêndèr barung mawi tabuh satunggal, ingkang kacêpêng tangan têngên, ungêlipun miturut ôngka nut, dumugi N V lajêng kêtêkan kêndhang kaping 4 sambêt wilahan gêndèr barung malih, makatên salajêngipun. Sasampunipun nuthuk wilahan gêndèr, miturut nut ôngka 2675 lajêng nuthuk wilahan gêndèr barung ingkang swara agêng: laras barang, katabuh tangan kiwa, laras gangsal, katabuh tangan têngên, dipun sarêng: amimba swaranipun jam, manawi prasakawananipun sampun mungêl kaping sakawan, lajêng kantun ungêlipun jam. Inggih punika ingkang kasêbut nut ôngka .1.1.1.1 N VII sasampunipun N VII gôngsa sadaya katabuh malih, dumugi G.N IV kèndêl, makatên salajêngipun.

Yèn ungêlipun sampun jangkêp kaping 3 utawi kaping 4 iramanipun lajêng kadamêl sêsêg, nama: gêndhing Wèsminsêtêr lômba, dene nutipun kados ing ngandhap punika:

Pola ôngka 3.

Gd. Wèsminsêtêr lômba.

[Notasi]

Gd. Langên gita: lr. sl. pt. sanga.

Mawi dipun bawani sêkar agêng: Citramêngêng.

[Notasi]

Badhe kasambêtan.

R. Ng. Pringgaardana.

Pawartos saking Redhaksi

K.5253 ing S. Taun 1837 dhawah Alip, sanès Jimawal. JimawalimunJimawalipun. dhawah 1837. Pundi ingkaingkang. dipun karsakakên.

K.a S ing Tr. Prayogi mundhuta buku sayêmbara ngarang radhio tonil Philips 1938 dhatêng kantor N.V. Borsumy ing Batawi.

--- 1060 ---

Paboyongan ing Kampung Kêrtakanyar Kilo Mètêr 14 Ulinwèh, Borneo Sisih Kidul, ingkang kaping Kalih.

Nuwun. Para maos Kajawèn: kula badhe ngaturakên kawontênan bab ing nginggil, mugi-mugi sagêda dados panariking manahipun para sadhèrèk ingkang badhe pindhah.

Nalika tanggal 11 Juni kula tampi dhawuh saking pangagêng kula, supadosa kula ing tanggal 13 Juni pangkat dhatêng Ulinwèh kalihan Tuwan Opsihtêrlanbo. Nanging prêlunipun kula dèrèng mangrêtos.

Tanggal 13 Juni enjing opsihtêrlanbo dhatêng kantor ngampiri kula, lajêng têrus bidhal dhatêng Ulinwèh kilo mètêr 14 numpak sêpedhah, kangge ningali pasitèn ingkang badhe kaukur. Saking pangandikanipun, opsihtêrlanbo, kula supadosa damêl situasi, pasitèn ing ngriku. Sasampunipun lajêng kapurih ambage kangge tiyang 100 semah. Sabageanipun wiyar sabau, awit pasitèn wau badhe kangge tiyang boyongan saking tanah Jawi Wetan.

Têbihipun pasitèn wau saking Banjarmasin 15 kilo mètêr, mêdal margi Ulinwèh ingkang dhatêng Martapura. Watawis 7 kilo mètêr saking Banjarmasin, ing ngriku wontên pêkênipun ingkang watawis 7 wulan kapêngkêr nêmbe kabikak kangge umum. Saurutipun margi Ulin, sampun kathah griyanipun tiyang kampung. Ngantos dumugi kilo mètêr 14 namanipun kampung wau: Kêrtakanyar. Ing pasabinan, tanêmanipun pantun subur sangêt. Sarêng kula dumugi kilo mètêr 14, lajêng nyimpang margi mangidul. Margi wau nêmbe kagarap dening tiyang dhusun malah sampun mèh rampung. Têbihipun saking Ulinwèh dhatêng panggenan paboyongan 1 1/2 kilo mètêr. Pasitèn ing ngriku wau sadaya sampun dados sabin, satunggil-tunggiling tiyang ing ngriku bageanipun sabin botên sami, awit nalikanipun taksih wana, pundi tiyang ingkang sugih arta, lan purun babad-babad ing ngriku, sampun têmtu bageanipun wiyar. Tatacaranipun ing ngriku wau bageanipun mawi borongan. Ing dalêm saborongan punika 10 dhêpa pêsagi, utawi 289 mètêr pêsagi. Tiyang satunggal-tunggalipun wontên ingkang gadhah ngantos 1200 borongan, sakêdhikipun 20 borongan. Dados manawi dipun samèkakên kalihan tanah Jawi ing dalêm 25 borongan, sami kalihan 1 bau. Manawi tumbas pasitèn ing ngriku ingkang sampun dados sabin rêginipun saborongan f 8.- dados sabau rêgi f 200.- manawi siti taksih wana namung nyuwun palilah dhakêngdhatêng. nagari, lajêng kababad piyambak. Pasitèn ing ngriku punika namung sagêd katanêman pantun sapisan salêbêtipun sataun, awit namung môngsa rêndhêng kemawon. Dene caranipun nanêm pantun, sakawit damèn kababad, manawi siti sampun rêsik lan êmpuk lajêng katanêman bibit, satancêban bibit wontên 3 utawi 4 lêr, dene thukulipun sagêd dados 10 utawi 15 lêr. Wiwit tanêm ngantos umur 3 wulan nêmbe dipun rêsiki sukêtipun, cara Jawinipun matun sapisan. Sasampunipun punika lajêng dipun kèndêlakên kemawon ngantos dumugi ngênèni,

--- 1061 ---

namung dipun tuwèni kemawon. Wondene katingalipun pantun sae, punapa malih manawi bôngsa kula Jawi ingkang anggarap sampun têmtu anglangkungi saenipun. Dene pikantukipun pantun ing dalêm saborongan 20 blèg lisah pèt, utawi wos 10 blèg. Dados ing sabaunipun sagêd dados 25x10 blèg, wos= 250 blèg, wos utawi 25 kati x 250 blèg = 6250 kati = 62 dhacin wos. Kasade rêgi f 4.- sadhacinipun = dados sabaunipun sagêd dados 62xf 4.- = f 248.- langkung kathah katibang ing tanah Jawi pikantukipun ing dalêm sabaunipun.

[Grafik]

Krêtêg lèpèn Kuin, Banjarmasin. Lèpèn wau ingkang lajêng anggandhèngakên lampahing lèpèn Martapura kalihan lèpèn Barito.

Pasitèn ing ngriku punika walêd, lêbêtipun sadhêngkul, sabin-sabinipun sadaya kathah ulamipun sêpat lan kutuk. Sabên dintên dipun pêndhêti, wondene ulamipun botên têlas-têlas. Dados manawi para sadhèrèk boyongan botên susah tumbas ulam. Sarêng kula sampun kumisi sadayanipun, watawis jam 12 siyang, kula lan opsihtêrlanbo wangsul dhatêng Banjarmasin, jam 1 sawêg dumugi kanthi wilujêng.

Enjingipun tanggal 14 Juni jam 6 kula bidhal dhatêng panggenan ingkang kasêbut ing nginggil, prêlu damêl situasi.

Sasampunipun lajêng kabage dados 100 bagean, [bage...]

--- [1062] ---

[...an,] a sabau. Dados gunggung wontên siti 71 ha. Siti samantên wau ingkang gadhah tiyang 24. Dumugi tanggal 26 Juni padamêlan kula rampung. Sabên dintênipun kula wangsul dhatêng Banjarmasin, dados lampahan 30 km wongsal-wangsul numpak sêpedhah.

Pasitèn ingkang kula ukur wau dipun sewa dening gupêrmèn kangge cobèn-cobèn, sadhèrèk Jawi ingkang kapindhah ing ngriku sadaya 100 semah. Dene sewanipun ing dalêm 1 bau f 22.50, sataun. Samôngsa sagêd sae panggarapipun, ing têmbe wingking badhe kapindhah malih ing pasitèn, Allak salèripun Banjarmasin. Saking pangandikanipun Opsihtêrlanbo, ing Allak badhe kaisenan sadhèrèk Jawi 4000 semah. Samantên wau manawi sadhèrèk Jawi sagêd panggarapipun sabin cobèn-cobèn.

Nalika tanggal 16 Juni, ing ngriku karawuhan priyantun saking tanah Jawi, prêlu mriksa pasitèn ing paboyongan, 1 mantri pulisi saking Blitar, sarta para lurah dhusun 5, saking Blitar, Tulungagung, Magêtan, Kêdhiri tuwin Trênggalèk. Dene rawuhipun ing ngriku kalihan insinyur lan opsihtêrlanbo tuwin asistèn kyai Banjarmasin.

Sasampunipun para lurah dhusun ingkang saking tanah Jawi sami ningali wontênanipun pasitèn ing ngriku, sadaya sami kapranan sangêt ningali pasabinan ing ngriku. Saking pangandikanipun opsihtêrlanbo, wontên satunggiling lurah ingkang purun dipun pindhah mriku. Awit ningali tanêman pantun ing ngriku langkung sae katimbang ing tanah Jawi. Môngka panggarapipun botên kados têtiyang Jawi. Punapa malih manawi bôngsa Jawi ingkang anggarap sabin wau, sampun têmtu langkung sae malih, sagêd ugi pamêdaling pantun langkung kathah tinimbang ingkang sampun. Saking pangandikanipun Tuwan Insinyur Lanbo, tiyang-tiyang paboyongan ing ngriku, punika kapurih sinau caranipun nanêm pantun, awit langkung mirah wragadipun katimbang ing tanah Jawi. Samôngsa sagêd panggarapipun tiyang-tiyang wau lajêng kapindhah panggenan, ing ngriku lajêng dipun santuni tiyang boyongan enggal, makatên salajêngipun. Dados papan ing Kêrtakanyar punika namung kangge nyinau kemawon.

Griya ingkang kangge sadhèrèk boyongan kadamêl urut margi, tiyang sasemah kapapanakên sagriya. Dados sadaya wontên griya 100, lêtipun satunggal-tunggaling griya 25 mètêr. Malah langkung sae malih katimbang ing paboyongan ing Pêngaron.

Watawis jam 1 siyang para tamu lajêng kèndêl sarta dhaharan. Sasampunipun talêsih sadayanipun lajêng sami kondur dhatêng Banjarmasin. Saking pangandikanipun opsihtêrlanbo, dhatêngipun sadhèrèk boyongan saking tanah Jawi wontên salêbêtipun wulan Agustus.

Nuwun, dumugi samantên rumiyin, sanès dintên badhe kula sambêti malih, samôngsa sadhèrèk boyongan sampun dhatêng ing Banjarmasin. Panyuwun kula dhatêng panjênênganipun para maos, mugi karsaa paring pangandika dhumatêng para sadhèrèk Jawi, ingkang sami rêkaos pangupajiwanipun. Awit ing tanah Borneo punika taksih kirang sangêt jiwanipun, pasitèn wiyar tur ugi taksih kathah wananipun.

Ki Citrakusuma

Kêrtabaruwèh 60, Banjarmasin.

--- 1063 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan Sajawining Praja.

Ing Palestinah taksih rame.

Kawontênan ing Palestinah taksih ajêg rame kemawon, namung panêmpuh ingkang mawi bom, sampun pinanggih suda. Ramenipun ing Palestinah wau katindakakên dening bôngsa Arab tuwin Yahudi ingkang sami niyat botên nêdya rukun, malah tumraping golongan wanita Arab inggih tumut angêmori damêl. Ing ngriku wontên panêdhanipun golongan Arab, supados nyuwak pulisi bôngsa Yahudi, awit tiyang wau botên kenging dipun pitados. Nanging raos ingkang makatên wau kados sami kemawon kalihan raosing bôngsa Yahudi anggèning botên rêmên dhatêng bôngsa Arab.

[Grafik]

Saradhadhu Inggris ing Palestinah wontên ingkang mangagemangangge. cara Arab.

Tumraping Inggris tuwin Prancis, sanadyan mitra, nanging ingatasing babagan punika ugi sami sujana-sinujanan. Inggris tansah gumun dhatêng tindakipun Prancis anggèning nglilani lêbêtipun bôngsa Arab saking Libanon tuwin Seriyah dhatêng Palestinah kanthi ambêkta dêdamêl. Tuwin punapaa Moefti ingkang oncat saking Palestinah inggih dipun kèndêlakên kemawon, botên kapasrahakên dhatêng Inggris, môngka Moefti punika nyata ingkang tansah damêl wêwinihing ura-uru.

Panyaruwenipun Inggris ingkang makatên wau malah dipun tampi angosok wangsul, amastani bilih ramening Palestinah punika tuwuh saking pandamêlipun Inggris. Tamtu kemawon Inggris saya botên andugi, awit ing ngajêng Prancis tansah saiyêg sêsarêngan angalang-alangi lêbêting bôngsa Arab kanthi ambêkta dêdamêl, ngantos mawi dipun palangi ing pagêr kawat wontên ing watês Libanon, waragadipun ngantos têlas 100.000 ponsêtèrling.

Pamanggihipun Inggris, bab ura-uru ing Palestinah punika kêdah kawontênakên pajagèn ingkang santosa yêktos, awit wontên sêsulakipun, bilih bôngsa Arab dipun murinani ing golongan Islam ing tanah Indhu. Malah ing ngriku kêtingal wontên wiji gêthing dhatêng Inggris, katitik saking [sa...]

--- 1064 ---

[...king] wontêning rêmbag badhe angêmohi barang dêdamêlan Inggris, saha badhe ngawontênakên utusan dhatêng Londhên, prêlu anduwa tindakipun Inggris.

Makatên ugi ing Mêsir, para ngulama ugi botên nayogyani dhatêng tindakipun Inggris, wosipun supados Palestinah têtêp dados nagarinipun bôngsa Arab (Islam), tindakipun golongan Mêsir wau angsal pambiyantuning ngakathah. Malah tumrap golongan Wafd ugi tumut ambiyantu arekadaya nglêmpakakên arta kangge ambiyantu ura-uru ing Palestinah. Saya malih tumrap tindakipun Bagêdad, araos ngojok-ojoki, adhêdhasar pêrang sabil, ingkang sagêd adamêl muntabing para mudha Islam. Tuwin taksih kathah nagari sanès-sanèsipun malih ingkang nêdya ambiyantu bôngsa Arab ing Palestinah.

Ing ngriku ugi lajêng nuwuhakên pamanahanipun Itali, ugi kêpêksa kêdah tumut jagi-jagi. Pamawasipun Itali, samôngsa wontên paprangan donya, ing Palestinah tamtu sakalangkung rame. Mila Itali gadhah raos, mrayogèkakên Palestinah punika dipun parentah dening paguyuban nagari kemawon, inggih punika Inggris, Prancis, Itali, Amerikah, tuwin sanès-sanèsipun. Kala kados ing ngajêng.

Ingkang makatên wau, Inggris kêpêksa botên sagêd selak malih, kêdah nyantosani barisipun, awit lajêng nêtêpakên bilih ing Palestinah dados nagari paprangan.

Ing ngajêng Inggris janji panggenan dhatêng golongan Yahudi, nanging botên akajêng nyukakakên wangsul siti wutah rah, namung lugu kadosdene papan pangungsèn, bakunipun tumrap Itali, botên rêna bilih Palestinah lajêng dipun bage-bage.

Pinanggihing rêmbagipun nagari-nagari ing bab babagan Palestinah dèrèng wontên karampunganipun.

Tindakipun Jêrman nyamari.

Tindakipun Jêrman anggèning ngawontênakên ajar-ajaran pêrang adamêl kasamaraning nagari pundi-pundi, awit nyamarakên manawi Jêrman lajêng anjangkah dhatêng Tsjecho Slowakije. Ing bab punika, parentah Inggris tuwin Prancis inggih sampun anjawil dhatêng parentah Tsjecho supados prayitna, nanging ingkang rêmit.

Miturut wartos, benjing tanggal 5 dumugi tanggal 12 wulan ngajêng, golongan Nasi badhe ngawontênakên konggrès wontên ing Neurenberg Sang Hitler badhe mêdhar sabda ingkang raos ngiyêgakên golonganipun badhe tumindak ingkang langkung wigatos.

Nanging wontên wartos malih, Hitler badhe ngêntosi dumugining Runciman kawon daya utawi samôngsa Runciman tampi karampungan ingkang damêl kapitunanipun Jêrman. TumranTumrap. tindak kasabaranipun Jêrman, punika salugunipun malah saya mikantuki dening satata tuwin mapan kasantosanipun.

Kajawi punika tumraping Jêrman inggih taksih mêngku kawigatosan ing bab kawontênaning golongan Sudeten. Mila sawarnining rêmbag ingkang tumindak ing wêkdal punika tansah mêngku wados ingkang damêl kasamaraning ngakathah.

--- 1065 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI.

Ama tikus ing Ciparay. Ing Ciparay, bawah Bandung, wontên tanêman pantun ingkang dipun têmpuh ing ama tikus ngantos têlas 600 ha. Têtiyang ingriku lajêng angsal pambiyantu saking ingkang wajib nanggulangi ama wau. Nanging karisakan punika kakintên botên adamêl kasangsaran, awit taksih kathah tanêman pantun sanèsipun.

Barang wêdalan tanah Jawi. Miturut tumindaking pambudidaya tuwin paniti, padagangan wêdalan tanah Jawi ingkang sagêd kasade wontên ing Borneo, awarni barang tas wacucal wêdalan Madura tuwin prabot balegriya wêdalan Pasuruan. Ing sapunika sawêg wontên rekadaya badhe ngajêngakên payung wêdalan Juwiring Klathèn tuwin Tasikmalaya, murih sagêd angsal papan panyadean.

Sêsambêtanipun lampah layaran saking Bêtawi dhatêng Bêlawan Dèli. Sampun satêngah wulan punika wontên baita Bugis bidhal saking Bêtawi dhatêng Bêlawan Dèli ambêkta momotan wawrat 800 pikul. Baita wau nama Manasa Medina, punggawanipun wontên tiyang 14. Ing tanggal 14 Augustus baita wau sampun dumugi ing Bêlawan Dèli. Sawatawis dintên malih badhe bidhal wangsul dhatêng Bêtawi ugi ambêkta momotan malih. Lampahing baita ingkang kados makatên punika dèrèng nate wontên. Dene ingkang nangkodani baita wau satunggiling sudagar tiyang siti ing Bêtawi. Babagan punika wontên gêgayutan kalihan Rupelin, nanging ugi wontên sêdya badhe manunggil.

Tingalan dalêm taunan G.K.R. Pambayun. Ing salêbêting karaton Surakarta mêntas wontên paargyan kalêrês dintên wiyosan dalêm G.K.R. Pambayun têtêp yuswa 19 taun. Ing dintên malêm Sabtu tanggal 20 wulan punika, dhawahing paargyan, tamu ingkang malêbêt kadhaton, Tuwan Gupêrnur Bijleveld ing Ngayogya, K.G.P.A.A. Prabu Suryodilogo tuwin ibu dalêm. Ingkang saking Surakarta, K.G.P.A.A. Mangkunêgara sakalihan G.K.R. Timur tuwin para agêng sanès-sanèsipun. Ing dalu wau mawi têtingalan Srimpi Mêrak-kêsimpir tuwin pêthilan Supolo-Arjuna, sumbangan saking Mangkunagaran.

Balapan mlajêng. Anyarêngi dintên tingalan dalêm G.K.R. Pambayun, mawi kawontênakên balapan malajêng kanthi ganjaran wissel beker paring dalêm G.K.R. Pambayun tuwin barang ganjaran sanès-sanèsipun. Ingkang tumut balapan wontên tiyang 273, kalampahanipun ingkang tumut kantun tiyang 250. Lampahipun wiwit saking alun-alun lèr, Slompretan, Coyudan, Gêmblêgan, Gadhing, Baturana, Bathangan wangsul malih dhatêng alun-alun. Sadaya wau têbihipun wontên 15 km. Ingkang nomêr satunggal Sudadi No. 61, angsal ganjaran wissel beker saking G.K.R. Pambayun tuwin barang sanès-sanèsipun. Nomêr kalih dhawah Sugiarto, nomêr tiga Dulkanon, sami angsal ganjaran vaste beker tuwin barang-barang. Wontên tiyang sanès-sanèsipun ingkang sami angsal ganjaran panglipur.

Buku-buku ingkang kaawisan malêbêt ngriki. Miturut pratelan ingkang katêtêpakên dening parentah, buku-buku ingkang botên kenging kalêbêtakên dhatêng tanah ngriki: buku karanganipun Edwar Alexander (Europa Verdrag-Zurich), buku karanganipun Ward Herman, 300 lagu pêrang damêlanipun Huang Jin Sheng, lagu-lagu pêrang damêlanipun Tan Chiang, kalawarti Emanciptie, Communitische Internationale, lagu-lagu wadya abrit karanganipun Yang Hsich.

Prof. Weidenreich. Wontên wartos benjing salêbêtipun wulan Sèptèmbêr ngajêng punika, Prof. Dr. R. Weidenreich, satunggiling professor ahli anatomie ing Rookefeller ing Peking badhe dhatêng ing tanah ngriki pêrlu nocogakên kawruhipun ingkang ing wêkdal punika sawêg dipun udi. Dhatêngipun ing tanah ngriki punika ugi gêgayutan kalihan panitipriksa babagan sirah tiyang ingkang pinanggih ing Ngandong, Surakarta tuwin bangsaning kewan agêng ing jaman kina ingkang raganganipun gêgayutan kalihan kawontênaning tiyang Peking.

Paboyongan ing Pulo Laut. Miturut wartos, paboyongan ing Pulo Laut badhe kaêlar pados papan paboyongan ingkang kaping kalih. Tindak punika gêgayutan kalihan prayogining pikantukipun papan paboyongan lami.

[Iklan]

Ngajêngakên tanêman kajêng sengon. Ingajêng sampun wontên pambudidayanipun parentah angajêngakên nanêm kajêng sengon, wontên ing bawah Gunungkidul, nanging katingal botên kawigatosakên. Ing sapunika rekadaya wau katingal wiwit dipun wigatosakên. Dene pikantukipun, ingriku badhe wontên kêkirangan kajêng obong.

Punggawa pagantosan nagari. R. Wiryotaruno, onder beheerder pagantosan nagari ing Glodhog (Bêtawi), dados beheerder klas 2 ing Ciparay (Priyangan). R. Wiryotaruno, onder beheerder ing Mayong (Japara-Rêmbang), dados beheerder klas 2 ingriku. R. Safie alias Wiromênggolo, onder beheerder ing Banjaran, dados beheerder klas 2 ingriku. R. Muhamad Husen alias Harjowijoyo, onder beheerder ing Limpung (Pêkalongan), dados beheerder klas 2 ingriku.

Pindhahan. Agus Salèh, beheerder klas 2 ing Kutowinangun kapindhah dhatêng Jatibarang (Cirêbon). R. Joyoatmojo, onder beheerder ing Purwokêrto, kapindhah dhatêng Kutowinangun. M. Hatmodiprojo, beheerder klas 2 ing Bumiayu kapindhah dhatêng Masaran (Surabaya), Sastrosantono, onder beheerder Dinoyotangsi (Surabaya), kapindhah dhatêng Bumiayu. M.Ng. Sutomo, alias Cokrokusumo, beheerder klas 2 ing Ciparay, kapindhah dhatêng Sêpanjang. Sutejo alias Ronodirjo, beheerder klas 2 Masaran, kapindhah dhatêng Salaman (Kêdu).

Padagangan enggal. Ingajêng sampun nate kawartosakên bilih ing Banyuwangi kangge anindakakên damêl ulam sardhèn wontên ing blèg. Sapunika wontên wartos bilih ing Bawen ugi damêl. Tumrap Banyuwangi ingkang dipun damêl ulam lêmuru, dene Bawean ulam layang. Ing sakawit tindak wau namung minangka cobèn-cobèn, nanging ing sapunika sampun sagêd damêl 150.000 blèg. Ulam wau mawi dipun bumboni kecap utawi saos tomat. Panumbasing ulam kapetang mirah sangêt, ing dalêm sakilogram namung satêngah dumugi saêsèn, ing dalêm saêblègipun kintên-kintên namung rêrêgèn 1/4 dumugi 1/2 sèn.

Panjênêngan Sultan Asahan wontên tanah Jawi. Sampun sawatawis dintên panjênêngan sultan ing Asahan rawuh ing Batawi, laminipun badhe ngantos satêngah wulan. Tindak wau sanadyan sakaparêngipun piyambak, ugi pêrlu badhe sowan dhatêng Bogor.

--- 1066 ---

Lindhu ragi agêng. Kala tanggal 18 Augustus wanci jam 4.30 sontên, ing Bêngkulên karaos wontên lindhu ragi agêng, kaca-kaca sami pêcah. Dèrèng wontên katrangan pintên kapitunanipun.

Instituut Banyuurip. Paguyuban Akrap "Pusara Warga Banyuurip" grombolan Jombang sampun kalêksanan mbikak bêbadan paguron mawi têngêr "Instituut Banyuurip". "Instituut Banyuurip" kaperang dados bagean Frobel, Schakel lan H.I.S. Wondene wulanganipun sababag kalihan Lager onderwijs Gouvernement. Yèn sontên ngawontênakên wulangan basa: Jawi, Mêlayu, Jêpang, Walandi, Jerman, Prancis, Inggris, Boekhouding, Stenografie lan Machineschrijven, dhatêng sintên kemawon ingkang nêdya sinau, kanthi bayaran ingkang ènthèng (Soew.)

Taman Putri Mojopahit. Para putrinipun Paguyuban Akrap "Pusara Warga Banyuurip" ing Jombang sami ndhapuk pakêmpalan mawi têngêr "Taman Putri Mojopahit", kaperang dados kalih golongan. A. Golongan putri kasêpuhan; gadhah gêgayuhan upaminipun ngupakara bayi, mrênata balegriya (ekonomie). B. Golongan putri kaneman; gadhah gêgayuhan upaminipun nyinau kaprigêlan tangan, olah-olah saha sami angudi supêkêtipun sêsrawungan. (Soew)

Dr. Sukiman badhe dhatêng nagari Walandi. Miturut wartos, Dr. Sukiman badhe dados utusan P.P.B.B. dhatêng nagari Walandi, mênggah wigatosipun badhe sowan Sri Bagendha Maharaja Putri, ngunjukakên ing bab kawrataning punggawa pagantosan nagari. Lampahipun numpak motor mabur. Sadhiyanipun waragad f 2000.-.

Tamu saking ngamanca. Benjing tanggal 6 Sèptèmbêr ngajêng punika badhe wontên tamu saking Eropa, ingkang mêntas anjênêngi congres ngèlmu bumi wontên ing nagari Walandi. Dhatêngipun ing tanah ngriki pêrlu andon lêlana. Ingkang dipun dhatêngi para tamu wau ing tanah Jawi, Bali tuwin Sumatra.

Manggih barang kina. Wontên wartos, Dr. G.H.R. Koenigwald manggihakên barang kina awarni gêlang bangsaning simping wontên kiwa têngênipun Gundi. Gêlang wau wujudipun beda kalihan gêlang limrah. Barang wau kintên-kintên sampun umur 2000 dumugi 3000 taun. Gêlang ingkang sairib kados makatên punika ugi dipun angge ing têtiyang ing pakumpulan Samodra Kidul.

Sata ing Bojonêgoro. Ing wêkdal punika ing laladan Bojonêgoro kawontênakên cobèn-cobèn ngindhakakên pamêdaling sata ingkang kangge sigarèt Walandi kanthi rêrêgèn mirah. Tindak wau sarana milih wiji sata ingkang sae lajêng dipun sêbar wontên ing pasitèn cobèn-cobèn. Wiji wau pêndhêtan saking taun ingkang kêpêngkêr, kintên-kintên wontên 26 warni, asli sata tanah Jawi, tuwin 52 warni asli sata Amerika.

Ingsêr-ingsêran ing Jawi Têngah. R. Sêcowibowo, adjunct-jaksa Landraad ing Rêmbang, paresidhenan Japara Rêmbang, dados asistèn wêdana paresidhenan Japara Rêmbang. R. Hadikusumo, asistèn wêdana ing Kêdhungtuban, dhistrik Panolan, Kabupatèn Blora, paresidhenan Japara Rêmbang, dados adjunct-jaksa Landraad ing Rêmbang.

Pindhahan dhoktêr. R. Maamun al. Rasyid Kusumadilaga, Ind. Arts ing Palembang, kapindhah dhatêng Eykman Instituut ing Bêtawi.

Ingsêr-ingsêran ing Jawi Wetan. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi Wetan, M. Sukandar aliyas M. Surodiharjo, wêdana ing Ngumpak, kabupatèn tuwin Paresidhenan Bojonêgoro, dados wêdana ing Dero, Kabupatèn Ngawi, Paresidhenan Madiun. M. Prawirodigdo, wêdana ing Dero, dados wêdana ing Ngumpak.

Arta kêrtas palsu. Ing Javasche Bank Bêtawi mêntas nampèni arta kêrtas nyadasa palsu saking satunggiling tiyang ingkang ambayar arta ingriku. Arta kêrtas wau ciri J.S. 05624. Salajêngipun arta wau lajêng dipun pasrahakên pulisi.

Kasangsaran ing Uteran, Madiun. Sampun sawatawis dintên ing Uteran, Madiun, wontên pangantèn jalêr wangsul saking mêsjid dipun arak numpak dhakar,dhokar. lampahing dhokar nglangkungi krêtêg ingkang sawêg dipun dandosi. Sarêng lampahing tumpakan wontên têngah krêtêg, kapalipun anggiwar, dhokar kêcêmplung lèpèn dalah ingkang numpak. Lèpèn wau lêbêtipun saking nginggil 14 m, nuju asat. Têtiyang ingkang kêcêmplung wontên 9 kalêbêt pangantèn. Ingkang tatu rêkaos 6, pangantèn namung tatu botên sapintêna.

Mèngêti adêging Pamulangan luhur Dhoktêr. Kala tanggal 16 Augustus, Pamulangan luhur Dhoktêr ing Bêtawi mèngêti adêgipun sampun 11 taun. Ingkang anjênêngi Directeur Departement Pangajaran, onderhoofd Pakaryan Kasarasan, pangagêng militèr tuwin sanès militèr, warga Raad India, commandant wadya lautan tuwin sanès-sanèsipun. Prof. van Wulffent Palthe (president faculteit) tuwin Prof. Verbemt. Salajêngipun kawontênakên paargyan.

Pakêmpalan Indo-Indu. Ing Bêtawi mêntas wontên parêpataning golongan Indo ingkang asli saking Indu. Golongan bangsa wau nêdya badhe ngêdêgakên pakêmpalan tulung-tinulung. Ingkang dados pangajêng Tuwan M.K. Abd. Gafur, satunggaling sudagar Indu. Pakêmpalan wau dèrèng kanamakakên.

Pogokan ing Sêmarang. Ing Sêmarang mêntas wontên pogokan para bêbau ingkang sami nyambutdamêl ing papan anggêgana ing Kalibanthèng cacah 100. Ingkang sami mogok wau sarana ngrisak pirantos kangge usung-usung gadhahanipun têtiyang ingkang taksih sami purun nyambutdamêl. Salajêngipun dados pajagèn pulisi.

Tiron Bangsal Kancana. Ingajêng sampun nate kawartosakên, karaton Ngayogyakarta damêl tiron bangsal kancana badhe kakintunakên dhatêng tentoonstelling ing Francisco. Ing sapunika wontên wartos, sêdya wau kasandèkakên, amargi miturut ngrawitipun, botên badhe sagêd rampung tumuntên, apêsipun kêdah tigang taun.

Lulus saking Mêsir. Tuwan Rasyid Rasidi, asli saking Kuthagêdhe, Ngayogya, lulus saking pamulangan Darul'ulum ing Mêsir, saha sampun wangsul dhatêng Ngayogya. Tuwan wau sakawit wêdalan sêkolahan standaard Muhammadiyah, lajêng dhatêng Kweekschool Muhammadiyah Ngayogya, wiwit taun 1926 dumugi 1929, lajêng dhatêng pamulangan Alirsyad, ing salajêngipun dhatêng Mêsir, laminipun 7 taun.

Warganing Java Instituut. Warganing Java Instituut ing sapunika, kangjêng tuwan ingkang wicaksana, pangayoman, Prof. Dr. R. Ario Husein Jayadiningrat, pangarsa. Tuwan Sam Koperberg, panitra ngiras artaka. Warga limrah, Prof. G.W.J. Drewes, P.A. Achmad Jayadiningrat, Prof. Mr. B. ter Haar, B.K.P.H. Hadiwijoyo, Ir. Ph. Karsten, J. Kats, R.M.A. Kusumo Utoyo, Ir. P.H.W. Sitsen, Cokorde Gde rake Sukawati, B.P.H. Suryodiningrat, R.M. Sutopo Wonoboyo, K.G.P.H.H. Prabu Suryodilogo, R.A.A. Wiranatakusuma tuwin Ir. J.L. Moens.

Dhoktêr utusanipun SutlanSultan. Langkat. Dhoktêr Amir, utusanipun Sultan Langkat ingkang kautus anjênênganjênêngi. congres kasarasan ing Surabaya, tampi dhawuh supados lajêng dhatêng Purwokêrto nyinau babagan propaganda kasarasan. Awit Purwokêrto ing wêkdal punika dados pusêring propaganda babagan makatên, ttumraptumrap. ing tanah Jawi. Ing pangrancang, Langkat badhe kadamêl papan pusêring propaganda kasarasan tumrap tanah sabrang.

NAGARI WALANDI.

Rêrêngga kitha. Miturut wartos saking Den Haag, bab badhe wontêning paargyan mèngêti jumênêng nata 40 taun katingal titikipun agêng-agêngan. Ing salêbêting kitha sampun dipun êdêgi gapura 4 panggenan, gapura wau badhe rinêngga-rêngga ing sêkar. Makatên ugi ing sanès-sanès panggenan. Waragadipun dipun sadhiyani f 12.000.-.

Utusan dalêm nata Surakarta. Utusan dalêm sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana sampun dumugi nagari Walandi.

Sultan Dèli. Panjênêngan Sultan Dèli tuwin putra kêkalih, sami rawuh dhatêng pabrik panggosokan intên ing Asscher.

EROPA.

Motor mabur dhawah. Kala tanggal 18 wulan punika wanci dalu, motor mabur toya Italie damêlan pabrik motor mabur Macci, nalika sawêg anggêgana kangge cobèn-cobèn wontên ing Varese, lajêng dhawah saha kêbêsmi. Tiyang ingkang numpak wontên 13 sami tiwas.

RamtamanRantaman. nagari Ruslan. Parentah Sovyet ingkang inggil piyambak nêtêpakên rantaman praja taun 1938. Gunggungipun sadaya wontên 27.000 yuta rubêl, sampun kapetang waragad babagan militèr.

--- 1067 ---

Wêwaosan

Anakipun Tarsan.

Pêpiridan saking buku karanganipun Edgar Rice Burroughs.

10.

Sarêng sampun dalu, kintên-kintên tiyang sampun sami tilêm sadaya, kanthi alon-alon sarta ngatos-atos sangêt, Kondhon lajêng anyakêti korining kamaripun lare neneman. Wontên ing ngriku kèndêl amirêngakên ngantos kêmirêngan suwara ambêganipun tiyang tilêm ingkang ajêg, ingkang mracihnani, bilih têtiyang ingkang wontên ing amar ngriku punika, sampun sami tilêm kapatos. Sarana kunci palsu Kondhon lajêng ambikak korining kamar kanthi alon-alon. Salajêngipun nuntên lumêbêt ing kamar, sarta ngancing kori wau saking nglêbêt. Ing kala punika rêmbulanipun katutupan ing mega. Ing sarèhning tanpa dilah, amila ing salêbêtipun kamar ngriku inggih pêtêng andhêdhêt. Kanthi mek-mekan Kondhon ngupadosi papan patilêman, ing padon sanès ing salêbêtipun kamar ngriku, wontên barang ingkang ebah, namung ebahipun wau sakalangkung alon sangêt, botên beda kadosdene caranipun sima ngindhik-indhiki masanipun.mangsanipun. Kondhon botên mirêng punapa-punapa, awit pikiranipun ngêmungakên tumuju dhatêng papan patilêmanipun lare neneman kasêbut ing nginggil.

Ingkang dipun padosi Kondhon ngantos lumêbêt ing kamaripun lare neneman tuwin êmbahipun èstri ingkang sakit wau, botên sanès kajawi namung gêbungan arta kêrtas gadhahanipun lare neneman. Manawi punika sampun kacêpêng, piyambakipun inggih sampun narimah, dene manawi lare neneman wau botên purun ngulungakên, nêdya badhe karodapêksa. Ing batosipun Kondhon: sapintên bangganipun lare, tuwin êmbahipun èstri ingkang ringkih sarta nandhang sakit punika. Sandhanganipun lare neneman wau gumlethak wontên ing kursi cakêt papan patilêmanipun. Tanganipun Kondhon lajêng gogoh-gogoh ing kanthonging rasukanipun lare neneman wau, nanging gêbungan arta kêrtas ingkang dipun padosi, botên pinanggih. Kondhon lajêng gadhah gagasan, bilih artanipun kasimpên wontên ing ngandhap bantal. Piyambakipun lajêng saya nyakêt ing papan patilêman. Tanganipun sampun mèh dumugi ing bantal, dumadakan ing kala punika mega ingkang nutupi rêmbulan ical, ingkang anjalari rêmbulanipun amadhangi ing salêbêtipun kamar ngriku. Ing kala punika lare neneman anglilir sarta lajêng nyawang dhatêng Kondhon. Sanalika Kondhon mangrêtos bilih lare wau tilêm piyambakan. Piyambakipun lajêng enggal-enggal nyandhak kalamênjingipun lare neneman. Nalikanipun lare neneman tangi, Kondhon mirêng swara anggêrêng saking wingking, lan sakala punika tanganipun ujug-ujug dipun cêpêngi dening lare neneman wau. Saking kêncênging panyêpêng rumaosipun Kondhon, tanganipun kados dipun pantèk. Ing ngriku Kondhon mangrêtos sapintên karosanipun lare neneman punika.

Kajawi punika piyambakipun ugi karaos, bilih saking wingking wontên tangan sanès, ingkang nyêpêngi gulunipun. Tangan wau kasar sarta dhiwut-dhiwut. Piyambakipun lajêng nolèh dhatêng wingking, lan kamigilanipun tanpa upami, sarêng nyumêrêpi bilih ingkang nyêpêngi gulunipun saking wingking awujud kêthèk bangkokan agêng anggêgilani sangêt. Siyungipun sampun kapringisakên nêdya anyakot kalamênjingipun Kondhon, dene anggènipun lare neneman nyêpêngi tanganipun sakalangkung saking kêncêng. Salêbêtipun makatên wau, Kondhon angudaraos: gèk nyang ngêndi bae êmbahne wadon. Salajêngipun nuntên nolah-nolèh ningali ing salêbêtipun kamar. Sarêng cêtha bilih êmbahipun èstri lare neneman wau botên wontên, saha ingkang wontên namung kêthèk bangkokan ingkang anggêgilani wujudipun, Kondhon saya sangêt anggènipun kamigilan. Kanthi budi sarosanipun Kondhon lajêng nêdya ngipatakên panyêpêngipun lare neneman, murih sagêd ananggulangi kêthèk bangkokan wau. Sarêng tanganipun ingkang satunggal sagêd uwal, Kondhon lajêng ngantêm rainipun lare neneman ingkang lajêng dhawah klumah. Nanging nêpsunipun kêthèk bangkokan ing samangke saèstu kagila-gila. Dening kêthèk bangkokan Kondhon ujug-ujug kajunjung saha kadhawahakên ing siti, salajêngipun nuntên katubruk saha kacokot kalamênjingipun ngantos pêdhot. Tanpa sambat malih Kondhon inggih lajêng pêjah.

Kanthi kagèt lare neneman wau lajêng mêncolot saking papan patilêmanipun, saha lajêng murugi dhatêng tiyang ingkang gêmlethak ing siti punika. Piyambakipun mangrêtos, bilih Akut mêjahi tiyang wau, badhe ambelani piyambakipun, botên beda kados nalikanipun [nalikanipu...]

--- 1068 ---

[...n] amêjahi Misèl kados ingkang sampun kacariyosakên ing ngajêng. Nanging gèk kadospundi kadadosanipun ing têmbe. Jak mangrêtos, bilih amêjahi sasamining tiyang punika, ukumanipun inggih pêjah. Malah botên sande piyambakipun têmtu badhe kèmbèt, ingkang atêgês ugi piyambakipun badhe kadhawahan ukum pêjah. Ing ngriki, ing tanah Aprikah, ingkang têbih sadhèrèk tuwin mitra, gèk sintên kemawon ingkang nêdya ambelani. Sadaya-sadaya têmtu badhe anglêpatakên piyambakipun. Langkung malih ing tanah Aprikah ngriku, ingkang têtiyangipun dèrèng kasrambahan ing kasusilan kados ing Eropah, botên sande piyambakipun tuwin kêthèk bangkokan wau têmtu lajêng sami kaukum gantung, bokmanawi tanpa kapriksa rumiyin prakawisipun. Piyambakipun mirêng, bilih kawontênan ingkang makatên punika asring kemawon kadadosan wontên ing Amerikah, langkung malih ing tanah Aprikah, ingkang têtiyangipun taksih kirang sangêt mênggahing kasusilanipun. Mênggah gagasanipun Jak, manawi enjingipun piyambakipun tuwin kêthèk bangkokan sagêd kacêpêng, botên sande têmtu lajêng dipun gantung.

Kadospundi mênggah bingunging manahipun Jak ing kala punika, ing ngriki botên sagêd kacariyosakên, awit, gèk kadospundi ingkang dados rekadayanipun. Enjingipun, botên kenging botên tamtu badhe konangan saha kalih-kalihipun tamtu sami dipun gantung. Sanadyan Jak punika kêkiyatanipun botên beda kalihan ingkang rama, nglangkungi saking mêsthi, nanging piyambakipun punika namung lare limrah, amila manahipun inggih botên têbih kalihan tiyang ingkang dèrèng anjajah, ingkang kagagas namung saprakawis, inggih punika: piyambakipun tuwin kêthèk bangkokan mêntas amêjahi tiyang, ing môngka ing samangke sawêg mara tamu wontên ing nagari mônca, ingkang kacariyos, têtiyangipun taksih kirang sangêt mênggahing kasusilanipun, sarta rêmên sangêt dhatêng ngukum pêjah sasamining tiyang, ingkang kakintên nandhang dosa. Cariyos ingkang makatên punika, Jak asring maos ing sêrat-sêrat cariyos tata gêsangipun têtiyang ing Aprikah.

Murih sagêdipun luwar saking ukuman pêjah wau, mênggah gagasanipun Jak, ngêmungakên manawi piyambakipun gadhah arta kathah.

Salajêngipun Jak nuntên murugi mayitipun Kondhon malih. Klayan mêthongkrong kêthèk bangkokan namung tansah nyawang dhatêng Jak kemawon. Ing ngriku Jak lajêng nguculi sandhanganipun Kondhon saking satunggal, saha dipun galedhahi kanthongipun kanthi sêtiti sangêt. Dalasan sêpatunipun kemawon mêksa inggih dipun titipriksa. Sarêng panggledhahipun sampun waradin, artanipun botên sagêd pinanggih, Jak lajêng ambruk ing papan patilêmanipun, ing sêmu katingal saklangkung sungkawa, awit mênggah ingkang dados gagasanipun, ing salajêngipun tamtu botên sagêd pinanggih kalihan rama ibunipun, kajawi kêdah kapêksa gêsang sêsarêngan kalihan kêthèk bangkokan turut wit-witan wontên ing salêbêting wana agêng.

Sapintên dangunipun anggèning anggagas mênggah ingkang dados lêlampahanipun wau, Jak botên sumêrêp, nanging ing wusana piyambakipun lajêng kagèt dening suwara saking ing kamar perangan ngandhap. Jak enggal-enggal mênyat, saha lajêng amurugi kêthèk bangkokan kanthi têtêp ing manah.

Nalika sontên èstunipun Jak sampun ngênthêlakên pamanggih nêdya wangsul dhatêng tanah Inggris sarana baita ingkang pangkat rumiyin piyambak. Sadumuginipun ing Inggris, nêdya nyuwun pangapuntên dhatêng rama ibunipun, dene sampun kesah tanpa nyuwun pamit wau. Nanging samangke piyambakipun mangrêtos, bilih botên sagêd wangsul dhatêng padalêmaning rama ibunipun. Awit ngrumaosi bilih gadhah dosa agêng sangêt. Saking sangêting anggènipun anggagas lêlampahanipun wau, Jak ngantos gadhah raos, bilih ingkang mêjahi Kondhon punika piyambakipun, sanès kêthèk bangkokan. Saupami taksih gadhah arta, kintên-kintên dosanipun wau sagêd dipun têbus. Sarêng botên gadhah arta babar pisan, tumraping tiyang mônca, gèk punapa ingkang dados pangajêng-ajêngipun wontên ing tanah ngriku.

Salajêngipun Jak nuntên anggagas ing bab icaling artanipun. Mênggahing rumaosipun, anggèning nyimpên kados sampun primpên sangêt. Jak ngantos dangu anggènipun ngèngêt-èngêt, wontên pundi kintên-kintên icalipun arta wau, nanging mêksa botên sagêd kèngêtan. Ing ngriku Jak botên pisan-pisan anggadhahi pangintên: bilih nalika Jak mitulungi kêthèk bangkokan saking kapal dhatêng jungkung, gêbunganipun arta kêrtas wau dumadakan kêcêmplung ing sagantên.

Ing wusana Jak lajêng cariyos dhatêng Akut mawi basaning kêthèk makatên: Ayo, milua aku mrene. Kalayan botên manah dhatêng panganggenipun ingkang tipis, Jak lajêng dhatêng ing jandhela ingkang ing kala punika sampun mênga. Piyambakipun lajêng ningali dhatêng ing jawi, sarta amirêng-mirêngakên kanthi prêmati. Kintên-kintên tigang kaki saking griya ngriku wontên witipun satunggal ingkang sampun pêjah. Kanthi prigêl saking jandhela Jak mêncolot dhatêng ing wit wau. Botên beda kados kucing ingkang mêncolot ing wit, ing sakawit gondhelan kêncêng, salajêngipun Jak mandhap alon-alonan. Botên watawis dangu kêthèk bangkokan ugi tumut makatên. Saking katêbihan sampun katingal wana parêdèn ingkang sampun kacariyosakên ing ngajêng. Inggih ing ngriku wau ingkang nêdya dipun purugi Jak. Ing kala punika botên wontên tiyang ingkang sumêrêp kesahipun Jak tuwin kêthèk bangkokan, lan botên watawis dangu, Jak Kleton, calon gêgêntosipun ingkang rama dados: Lod ing Grèstuk lajêng ical larinipun. Badhe kasambêtan.

--- 133 ---

Nomêr 34, 24 Agustus 1938, taun III.

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta: Rr. Siti Mariyam, kawêdalakên sabên Rêbo

Swarga Nunut, Naraka Katut.

Sambunganipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 66.

Ingkang makatên punika wau punapa saking kêsupèn, punapa saking botên mangrêtosipun, manawi para wanita punika inggih manungsa, sami-sami titahing Hyang Maha Mulya, ingkang anglairakên kita, têtimbangan kita juru panggulawênthahing putra. Dhuh, mêmêlas têmên priya ingkang kados makatên punika, mugi-mugi èngêta.

[Grafik]

Nyi Darmaprawira

Manawi taksih kathah para priya ingkang dèrèng purun ngakêni manawi para wanita punika atas sami-sami, sêsarêngan kita priya abêbrayan, sêsarênganipun anggayuh kamulyan saha kaluhuran lair batos, ambok inggih dipun budidayaa kadospundi kemawon, nglêngkara sangêt manawi bawana punika sagêd tata têntrêm.

Manawi panganggêp bilih jiwaning para wanita ing dêlahan benjing, wontên ing swarga utawi naraka namung tansah akêkinthil, nunut saha katut dhatêng jiwaning priyanipun, botên sagêd mandhiri piyambak, punika harak cilaka mêncit namanipun, jalaran:

1. para wanita lajêng botên prêlu ngudi pangawikaning batos, angagêngakên tindak kautamèn, jalaran puluh lêbda pangawikaning batos saha mungkul dhatêng tindak ingkang utami, manawi priyanipun atindak nasar tur sêpên ing pangawikaning batos, ing têmbe jiwanipun botên sagêd manjing swarga, dados pangawikan saha kautamènipun ical muspra, jêr nunut saha katut puruging jiwanipun priya, ingkang awit saking sêpên ing pangawikan saha kautamèn satêmah manjing naraka.

2. manawi para wanita botên purun ngudi pangawikaning batos saha lumuh dhatêng tindak kautamèn, ingatasing dados ibu kuciwa sangêt, adamêl karisakaning putra. Ingatasipun gêsang abêbrayan, risak panataning bale griyanipun. Ingatasing gêsang sêsrawungan, angrisakakên sarawunganipun. [sara...]

--- [134] ---

[...wunganipun.] Cêkakipun sadaya-sadaya inggih namung dhumawah dhatêng karisakan.

3. manawi wanita tumindak awon, môngka sagêd manjing swarga ingkang jalaran nunut saha katut dhatêng priyanipun ingkang lêbda bab pangawikaning batos dhasar luhur bêbudènipun, punika nama nyulayani kalihan kodrat. Lah, dunungipun adil punika wontên ing pundi.

4. manawi wanita tumindak sae, môngka jiwanipun ing têmbe manjing naraka ingkang jalaran katut saha nunut dhatêng jiwaning priyanipun ingkang kala gêsangipun sêpên babagan pangawikaning batos, dhasar awon lêlabêtanipun, inggih nama nyulayani kalihan anggêr ugêring bawana, pun adil sirna. Punapa sagêd.

Dumugi samantên ngaso rumiyin, sanès dintên manawi prêlu kula sambêti bab prêlu utawi botênipun para wanita anggêgulang pangawikaning batos.

Nyi Darmaprawira.

Sinjang Slobog.

Sinjang Slobog punika kêgolong sêratan kina, wontên ingkang nama slobog cukèn, slobog jôntra tuwin salobog asmaradana. Ingkang kacêtha ing gambar punika kêgolong slobog cukèn. Cuki punika mêndhêt saking dolanan, nama cuki, bangsaning dham-dhaman. Ingkang dipun pêndhêt kangge pola wau papanipun dolanan.

Slobog ing gambar punika mawi cêcêg, wontên ingkang cêcêgipun wau dipun santuni cacah gori, inggih punika sawud malang-megung, kados patrapipun tiyang nacah gori badhe dipun kêla.

Sinjang slobog punika kêgolong sinjangipun tiyang sêpuh, upami tiyanga sampun botên gadhah kaberagan.

[Grafik]

Miturut dêdongengan, nalika Gusti Kangjêng Ratu Kancana (Kangjêng Ratu Bêruk) ing Surakarta taksih dados manggung, sare wontên ing dalêm Prabasuyasa, wanci dalu kadhawahan wahyu, ngagêm sinjang Slobog. Mila dhawuh dhatêng putra wayah, supados sampun nyêpênakên sinjang Slobog. Makatên ugi miturut dêdongenganipun êmbah-êmbah, tabe-tabe sèwu, jaman sampeyan dalêm ingkang sinuhun kaping sanga, asring kaparêng ngagêm nyamping slobog, paningsêt mori pêthak, èpèk cêmêng. Ing ngriku dipun côndra: baris pêndhêm.

--- 135 ---

Warga Gêmintê Wanita.

Sampun dangu tansah wontên wiraosan, benjing punapa kalampahanipun wontên wanita tiyang siti dados warga gêmintê tuwin sanès-sanèsipun. Pangajab wau dangu-dangu kalampahan, inggih punika ingkang pinanggih wontên ing pilihan warga gêmintê ing Surabaya ing taun punika, ingkang kapilih Nyonyah Siti Sundari Sudirman, kados ingkang kacêtha ing gambar.

[Grafik]

Sayêktosipun panjênênganipun Nyonyah Sudirman, punika wontênipun ing kalangan wanita sampun katingal, saya tumrapipun wontên ing Surabaya.

Mênggah lêlabêtanipun Nyonyah Sudirman wontên ing kalangan kabangsan sampun sumrambah, ingkang mawi adhêdhasar: niyat ingsun nyambut gawe marang kabêcikan, êmbuh uwohe.

Mila sampun pantês sangêt anggèning Nyonyah Sudirman kêpilih dados warga gêmintê, pinanggihipun tamtu botên nguciwani, awit sampun kawong ngambah dhatêng siluk sungiling padamêlan ingkang migunani ing ngakathah.

Wusana redhaksi andhèrèk mêmuji, mugi kasambadana punapa ingkang dados pangajab ing sadayanipun.

Lare Kêmbar Sakawan.

Ing bab wontêning lare kêmbar sakawan ing bawah Blitar kados wartosipun sampun sumêbar ing pundi-pundi. Nanging cêcariyosanipun ingkang cêtha sawatawis, kados dèrèng wontên, mila ing jagading wanita badhe kaandharakên sawatawis.

Ing dhusun Tanggung, ondêr dhistrik Nglêgok, kabupatèn Blitar, wontên tiyang tani nama Karma, jalêr èstri, sampun anak-anak tiga, pambajêngipun èstri, panggulu tuwin pandhadhanipun sami jalêr.

Tiyang sakulawarga wau manggèn wontên ing griya gêndhèng alit, wontên ing pakarangan ingkang ayom, wit-witanipun kêgolong karang kitri ingkang anipkahi, mila pamêdalipun lumintu kenging kangge gajuling gêsangipun.

[Grafik]

Pak Karma punapadene anak-anakipun têtiga.

Griya ingkang dipun ênggèni wau, sanadyan alit, [a...]

--- 136 ---

[...lit,] sampun nyêkapi kangge pangasoning sabrayat kanthi têntrêming manah. Sumrowonging gêdhèg ingkang kangge langkung angin, malah adamêl sêgêring badanipun têtiyang ingkang sami manggèn ing ngriku.

Ing satunggiling dintên Karma jalêr èstri sami linggih pating crêlog, ingkang èstri lajêng rêraosan bilih anggèning wawrat sampun lèkipun. Sabotên-botênipun tiyang manak makatên, inggih kataman ing karibêdan, kêdah ngawontênakên kabêtahan sawatawis, tuwin inggih badhe nglampahi rêkaos.

Pak Karma rumaos kêsabêt ing pêpêtêng sawatawis, nanging wantunipun botên sawêg sapisan punika, pêpêtêng wau inggih lajêng sumisih, saha lajêng lipur nyawang dhatêng anak-anakipun ingkang sampun sami tilêm, têntrêm, kados manggèn wontên ing papan kamuktèn, saya ayêm malih manawi Pak Karma nuju nyawang anak-anakipun sami aring.

Bab Olah-olah

Mangut Bandêng

Bandêng wêtah (dèrèng dipun damêl asinan) kaêdanga ingkang tanak, bumbuning mangut: sarêm, traos, brambang, bawang, tumbar jintên, kacolok gêndhis jawi, salam laos, kluwak ingkang mêntês (warninipun cêmêng sêmu abrit mêngês-mêngês) lombok rawit wêtahan, takêraning kluwak, anggêr bandêng satunggal ingkang sêdhêng, kluwakipun 5 dumugi 10 iji, klapanipun satugêl miliha ingkang sêpuh. Punika yèn klapa alit, yèn agêng inggih 1/3 punapa 1/4 gluntung. Bumbu sadaya wau kajawi salam laos, lombok rawit, sami kaulêga ingkang alus sangêt, tumuntên kagorènga lisahipun sakêdhik kemawon, salam laos, lombok rawit, kaworna, tumuntên dipun santênana kênthêl ingkang kapara kathah. Bilih sampun sat, kaêntasa. Bandêng ingkang sampun dipun dang, lajêng kapopokana bumbu mangut: wolak-walik, ingkang kapara kandêl, lajêng kaêpèsana godhong pisang kluthuk, ing nglêbêt karangkêpa kalih, tumuntên kagaranga ing sangan, ngandhap nginggil kalambarana godhong, nuntên tinindhihan banon, panggarangipun kaaraha sampun ngantos pêrêng têrus ing nglêbêt.

Ulam lèpèn sanèsipun bandêng, kados ta: badhèr, jambal, wagal, sapanunggilanipun, jangji sanès kutuk lan lele, inggih sagêd mathuk ugi kamangut, nanging yèn ulam ingkang agêng, kêdah katugêl-tugêl kadadosna kalih utawi tigang pès.

Mênggahing rekanipun pangarah pamiraosipun ing sadaya olah-olahan punika, kajawi ingkang sampun katêrangakên: cak tangan, inggih ugi wontên ing ugêripun kados ing ngandhap punika:

1e. punapa abên-abênaning bumbu kêdah têtêp jangkêp. Badhe kasambêtan.

Nyai Pranata. [Pranat...]

--- [0] ---

[...a.]

Babad Giyanti

[Sudah diketik pada Kajawèn no. 20, 10 Maart 1939]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1069] ---

Ôngka 69, Stu Wa, 1 Rêjêb Jimawal 1869, 27 Agustus 1938, Taun XIII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f. 1.50,- Bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt - Mêncarakên Têtuwuhan Sarana Peranganing Wit - Madosi Rajabrana - Pigunanipun Toya - Tuntunan Nyinau Nabuh Gôngsa - Jurnalis Mubêng Pasar Gambir - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Pangungsêt

Sampurna.

Lugunipun têmbung sampurna punika ambingungakên, awit tumraping tiyang sampun ngrumaosi sampurna, tandhanipun sampun sarwa jangkêp, tuwin saupami botên jangkêpa, botên sagêd gêsang makatên. Punika sampun dados pasaksèn nyata. Naging punapaa tumraping tiyang, ing mangsanipun kêbuka, lajêng kapengin ngudi ngèlmi kasampurnan. Dados manawi makatên, kasampurnaning badanipun manungsa, kalihan ngèlmu kasampurnan, punika wontên gèsèhipun, dados sampurna ingkang jênggêlêg, beda kalihan kajênging ngèlmu kasampurnan. Awit manawi janggêlêg wau dipun anggêp sampun sampurnaning kawula, nama dèrèng sampurna kabatosanipun. Nanging inggih botên kalèntu manawi gadhah panganggêp makatên. Namung tumrap ingkang purun milahakên kajêngipun, tamtunipun inggih mangrêtos dhatêng watês-watêsipun.

Manawi botên dipun gagapi, pancèn ambingungakên, awit sampurnaning jêgêrêng,jênggêrêng. punika manawi dipun akêni sampurnanipun, nama ngakên-akên ing kabatosan. Môngka têmbung ngakên-akên wau adhakan botên dipun ajêngi dening sintêna ingkang ngrumaosi sampun sampurna wau.

Nanging sampun dados lampahing pangudi, tiyang ingkang ngudi babagan kabatosan punika tumindakipun tansah kêbêntus-bêntus, têgêsipun tansah ngambah margi ingkang gawat. Yèn caraa layangan tansah minggah mandhap manut lampahing angin. Upaminipun: tiyang ingkang ngrumaosi sampurnaning janggêrêng, punika manawi ngrumaosi apês, ing ngriku wontên raosipun minggah. Cobi punapa botên ambingungakên, tiyang ngrumaosi apês têka malah minggah.

Sapunika kantun anglajêngakên, anggèning ngrumaosi apês wau kadospundi, tuwin jalaranipun punapa, manawi lajêng namung ngugêmi: kawula panggonaning apês, inggih lajêng têrus apês, undêraning apês dumunung supe dhatêng pandamêl. Punika lajêng nama mandhap malih.

Tumrap pantoging panggrayang, kawula punika sampun ngantos apês, sampun ngantos papa sapanunggilanipun. Inggih ing ngriku punika namung kantun pawitan landhêping panampi. Kenging dipun tampi: kawula anane mung apês. Kenging dipun tampi kawula ora bisa apês.

Dene manawi wontên pitakenan, kawula ingkang botên apês punika ingkang kados punapa tuwin marginipun ingkang cêg gêmêg kadospundi. Punika namung badhe sarwa ngrêkaos.

Cêkruktruna.

--- 1070 ---

Kawruh Sawatawis

Mêncarakên Têtuwuhan Sarana Peranganing Wit.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 68.

Upaminipun kula gadhah pêlêm arum manis nanging witipun kikrik gêsangipun botên baud pados têdha, nanging badhe kula pêncarakên supados sagêd gadhah wit pêlêm arum manis ingkang botên kikrik gêsangipun. Kula lajêng andhêdhêr pêlok pêlêm ingkang baud pados têdha, upaminipun pêlok pêlêm blênyik. Pang pêlêm arum manis punika badhe kangge wit ingkang nginggil (entrijs = bovenstam), dene dhêdhêran pêlok punika badhe kangge dêlêg ngandhap (onderstam). Pandhêdhêripun pêlok punika wontên ing pot utawi ing kranjang alit ingkang kaisenan siti.

Yèn dhêdhêranipun watawis sadriji agêngipun, inggih punika kirang langkung umur sataun, sampun kenging kasambung. Saking wit pêlêm arum manis wau (moederboom), kula ngupados pang ingkang agêngipun sami kalihan witing dhêdhêran, punapadene nèm sêpuhipun kirang langkung inggih sami, sarana ningali wujuding kulitipun. Pang wau tumuntên kula bêlèk utawi kula krowèk sapratiganing kandêlipun, dene panjangipun watawis gangsal sènti mètêr. Makatên ugi wit dhêdhêran inggih kula krowèk ingkang lêbêt panjangipun sami. Tatu kalih wau lajêng dipun gathukakên, tumuntên kablêbêd mawi lulub waru ingkang kêncêng. Lulub waru dipun cêlupna ing jer-jeran lilin rumiyin, supados blêbêdanipun rapêt sayêktos, dados botên sagêd kalêbêtan toya jawah. Jalarann manawi kalêbêtan toya jawah lajêng murugakên bosok (infectie).

Manawi tatu kalih wau sampun krakêt dados satunggal, pucuking onderstam sanginggilipun tangsul cakêt lajêng kakêthok babar pisan, prêlunipun mêksa dhatêng onderstam supados têdhanipun dipun sukakakên sadaya dhatêng bovenstam, anakipun kuwalon. Sasampunipun sawatawis dintên pang entrijs sangandhapipun tali kêdah dipun kêthok, dene pangêthokipun kêdah alon-alon. Prêlunipun alon-alonan dipun gêgulang supados entrijs wau nêdha têtêdhan saking êmbokipun kuwalon (onderstam), sasampunipun sawatawis dintên lajêng dipun kêthok babar pisan. Sambungan wau botên kenging tumuntên dipun tanêm ing lêlahan, kêdah dipun lèrèhakên sawatawis dintên wontên ing panggenan ingkang ayom.

Yèn sampun dipun lèrèhakên, kenging lajêng dipun tanêm ing lêlahan, manawi entrijs wau mêdal sêkar utawi wohipun, kêdah dipun prithili, awit nêlasakên têdha ingkang pancènipun kangge damêl pang. Ing onderstam sok mêdal pangipun, punika botên kenging babar pisan, kêdah dipun prithili, awit têdhanipun badhe dipun sukakakên dhatêng anakipun piyambak, botên dipun sukakakên anakipun kuwalon, têmahan sambungan wau mêsthi badhe botên dados. Pananêmipun sambungan wau, panggenan sambungan botên kenging ngantos kacakan siti, sabab manawi makatên entrijs

--- 1071 ---

lajêng damêl oyod piyambak, têmahan entrijs botên purun nêdha têdha saking onderstam. Ing sarèhning oyodipun wau botên baud pados têdha, dados inggih botên badhe sae dadosipun.

Kajawi sarana patrap kasêbut ing nginggil punika, kenging sarana patrap sanès (mriksanana gambar sambungan ing kajawèn nomêr 59). Mênggah patrap lan tumindakipun langkung gampil, rumiyinipun ngêthok pang saking moederboom, lajêng dipun lancipi gèpèng kalêbêtakên ing dhêdhêran ingkang sampun dipun sigar mèncèng sapalih, tumuntên dipun blêbêd ngangge lulub, manawi tatu kalih sampun krakêt, pucuking onderstam sanginggiling blêbêd dipun kêthok. Mênggah panjaginipun sami kemawon kalihan patrap ing nginggil wau.

7 Anggathukakên (plakken)

[Grafik]

Patrapipun anggathukakên.

Patrap mêncarakên têtuwuhan sarana anggathukakên punika awis-awis sangêt ing sapunika dipun tindakakên, awit angèl sangêt dadosipun, mênggah patrapipun kados ing ngandhap punika:

Pucuking onderstam dipun pancas mèncèng, makatên ugi bongkoting bovenstam ingkang sami agêng alitipun, sarta nèm sêpuhipun, inggih dipun pancas mèncèng. Tatu kalih wau tumuntên dipun gathukakên, lajêng dipun tangsuli singsêt kados tiyang nyambung. Kados makatên punika angèl sangêt dadosipun, jalaran bovenstam dangu sangêt angsalipun têdha saking onderstam, dados enggal sangêt alum utawi pêjahipun.

[Iklan]

Kajawi patrap kasêbut nginggil, inggih punika manawi onderstam witipun agêng, kêdah dipun kêthok rumiyin, ing nginggil lajêng dipun krowèk kadamêl tatu majêng tiga (piramidhê majêng tiga kuwalik) tumuntên mêndhêt pang saking wit ingkang sae, ugi lajêng dipun pancas kadamêl wangun piramidhê majêng tiga kuwalik. Pang bovenstam wau tumuntên kalêbêtakên ing krowekan onderstam. Sasampunipun makatên lajêng kablêbêd mawi lulub, kados patrapipun amblêbêt sambungan. Nanging cara makatên punika inggih angèl sangêt dadosipun. Badhe kasambêtan.

Rutam (R.T. Adisumarta).

N.Scr. Purbalingga.

Sêsorah ing Radhio saking Bale Pustaka

Benjing ing dintên Ngahad sontên tanggal 28 Agustus 1938, wanci jam 1/2 8 dumugi jam 8, Bale Pustaka ngawontênakên sêsorah ing radhio Nirom 2 golflengte 190, ing bab: Goenanja Madjallah. Ingkang mêdhar sabda Tuwan Salmun.

--- 1072 ---

Madosi Rajabrana

Ing kajawèn sampun kêrêp ngêwrat wartos ing bab anggèning kapal kêruk Karimata ngêruk sadhasaring sagantên laladan nagari Walandi ing Terschelling, prêlu madosi bôndha ingkang kêlêm.

[Grafik]

Nginggil para andon lêlana saking ngamônca ingkang sami dhatêng ningali dhatêng ing Terchelling. Têngên para mudha ingkang sami ningali jangkar. Ngandhap, mriyêm tuwin mimis ingkang pinanggih wontên salêbêting kapal Lutine.

Miturut cariyos, bôndha ingkang dipun padosi punika awarni mas salaka ingkang kala ing tanggal 9 Oktobêr 1799 dipun êwrat wontên ing kapal Lutine kèrêm wontên ing ngriku. Bôndha wau rêrêgèn f 20.000.000,-

Sasampunipun pinanggih wontên lêlampahan makatên, lajêng wontên sêdya badhe madosi bôndha wau, saha kalampahan sampun nate katindakakên kala ing taun 1800-1801, sarana dipun silêmi, ugi angsal damêl, nanging botên sapintêna.

Kajawi tindak ing kala punika ugi sampun nate dipun ambali malih kala ing taun 1851-1861, taun 1857-1891 tuwin taun 1894-1895. Angsal-angsa- [Angsal-angsa...]

--- 1073 ---

[...-] lanipun wontên rêrêgèn f 1.200.000.-

Ing taun 1910 dipun ambali malih, botên angsal punapa-punapa. Ing taun 1934 dipun ambali malih ngangge pirantos sanès, ingkang dipun wastani duikerklok, punika pangêdhukipun sagêd langkung lêbêt. Dados sapriki sampun mèh 140 taun.

Wusana ing wêkdal punika dipun ambali malih ngangge kapal kêruk ingkang nama Karimata. Kalampahan tumindakipun wontên titikipun angsal damêl, katôndha sampun kêrêp angsal barang warni-warni, wontên ingkang awarni jangkar, mriyêm, mimis, êmas balebekan, tuwin sanès-sanèsipun. Ingkang warni êmas wau wawrat 3 1/2 kilo, rêgi f 7000.-

Sarêng wontên titikipun kados makatên, pangupadosipun lajêng mantêp, saha nêtêpakên bilih papan kèrêming kapal Lutine inggih wontên ing ngriku punika, mila mingsat-mingsêting kapal kêruk Karimata inggih namung muthêk wontên ing kanan keringipun ngriku kemawon.

Sarêng wontên wartos bilih kapal kêruk Karimata sagêd angsal barang-barang kados ingkang aksêbut nginggil, wartosipun lajêng sumêbar dhatêng pundi-pundi. Lajêng kagiyarakên sarana radhio. Ing ngriku katingal tandhaning têtiyang ingkang sami suka-suka.

Botên dangu lajêng kadhatêngan para andon lêlana saking tanah ngamônca sami numpak kapal mirunggan ingkang maligi prêlu kangge ningali dhatêng kawontênan wau.

[Iklan]

Tumindaking damêl wau mêntas ngaso sawatawis, prêlu ngrêsiki èmbèr pirantosing ngêruk, ngiras ngêntosi wancining hawa ingkang sae. Sarêng hawa sampun pinanggih sae, lajêng badhe wiwit tumindak ing damêl malih.

Ing kalanipun ngaso, kapal kêruk Karimata dipun ingsêrakên saking papanipun lami, sasampunipun rampung lajêng kawangsulakên dhatêng papan prênah kèrêming kapal Lutine.

Pangupadosipun panggenan dununging kapal Lutine taksih tuna dungkap, dèrèng sagêd nêtêpakên ing pundi dununging bôndha ingkang yêktos. Mila kapal Karimata tansah dipun ingar-ingêr, badhe madosi ing pundi dununging awak-awak kapal Lutine ingkang perangan wingking.

Ing pangajêng-ajêng tindak punika badhe kasambadan.

Pawartos saking Rêdhaksi

K. 943 ing D. 1 Ju, Wa, 20 Jimawal 1828, lêrêsipun taun Ehe. 2 Sn, Pa, 15 Rêjêb Dal 1831. Lêrêsipun A, Pn. 3 Kê, Wa, 10 Rabingulakir Be 1848, lêrêsipun A, Kli. 4 Sla, Kli, 3 Sura Ehe 1852, dhawah 6 Sèptèmbêr 1921, windu Sangara, wuku Kurantil Mawulu.

--- 1074 ---

Bab Kasarasan

Pigunanipun Toya.

Ingkang limrah tiyang ing tanah Jawi punika angsalipun toya kalayan gampil, kados ta saking lèpèn, rawa, tuk (bêlik), sêndhang, kalenan, wadhuk utawi saking sumur, malah ing jaman samangke ing nagari-nagari ingkang agêng tiyang sami angsal toya saking waterleiding, mila tiyang wau ing sêmu sami botên patos migatosakên, nanging malah ngrèmèhakên, kadosdene hawa makatên, jalaran angsalipun hawa kangge ambêgan punika gampil sangêt, ing pundi-pundi panggenan têmtu wontên hawanipun, mila têtiyang wau lajêng sami botên patos manah (mikir).

[Grafik]

Gêdhong patandhon toya pêndhêtan saking tuk.

Ewadene manawi ing satunggiling panggenan wontên ingkang têbih toya, têtiyangipun inggih katingal susah, awit ingkang nuju ambêtahakên toya botên sagêd angsal tumuntên utawi kangelan pamêndhêtipun saking panggenan sanès ingkang têbih.

Aslinipun toya ing dharatan punika saking sagantên, inggih punika saking bêntèring srêngenge, toya sagantên wau lajêng nguwab (waterdamp), uwab wau kenging angin manginggil tuwin katut dhatêng dharatan saya kandêl, dados mega lan saya asrêp dados mêndhung. Mêndhung wau ing langit katingal pêtêng.

Sarèhning nginggil langit punika hawanipun asrêp sangêt, mêndhung ing ngriku kenging dayaning asrêp lajêng dados toya utawi ès, sarêng dhawah mangandhap kenging sumuking siti (bumi) lajêng dados toya, inggih punika toya jawah. Trêkadhang ès wau dhawahipun saking nginggil dèrèng ngantos dados toya sadaya, wontên ingkang taksih wêtah utawi pringkilan dhawah ing siti, dados jawah uwoh (ès) naminipun.

Ing panggenan ingkang cakêt Noord utawi Zuidpool (kutub lèr utawi kutub kidul) ing môngsa bêdhidhing (winter) saking asrêpipun ing siti-siti kawradinan ès, inggih punika saking toya jawah, toya lèpèn utawi sanèsipun ingkang kenging dayaning asrêp wau. Ing panggenan asrêp ing môngsa bêntèr (zomer) jawahipun inggih toya limrah, nanging yèn ing môngsa bêdhidhing (winter) jawahipun dados sneeuw, inggih punika ingkang kenging katêmbungakên sêkaripun ès, katingalipun kadosdene kapuk ingkang dipun wastani apêthak mêmplak. Sneeuw wau dhawahipun wontên ing siti, sanalika inggih taksih warni sneeuw (kapuk pêthak) nanging ing sawatawis jam kemawon sagêd dados [da...]

--- 1075 ---

[...dos] toya sarta lajêng sagêd dados ès.

Wujudipun toya punika wontên tigang warni: 1. uwab (gasvormig) 2. toya, 3. ès.

Toya punika yèn kenging bêntèr utawi dipun godhog sagêd nguwab (waterdampstoom).

Bôngsa Eropah sagêd migunakakên stoom wau kangge nglampahakên mêsin pabrik-pabrik, lan pintên-pintên mêsin locomotief ingkang nglampahakên tram utawi sêpur punika.

[Iklan]

Dene tiyang anggènipun migunakakên toya kangge anglampahakên mêsin-mêsin wau, inggih mêndhêt daya utawi kakiyatanipun toya punika ingkang sampun dados stoom wau, dipun tanjakakên utawi dipun sambêtakên dhatêng mêsin ngantos mêsin wau sagêd ebah utawi mlampah, kados ta locomotief ingkang sagêd narik pintên-pintên kreta tram utawi sêpur, punika toya ing kètèl dipun godhog ngantos umob, nguwab dados stoom. Dene kètèlipun sampun dipun bolongi ing prênah nginggil, prêlunipun kangge ngêdalakên stoom wau, upami kètèlipun botên mawi bolongan, yèn uwab stoom badhe mêdal, môngka botên sagêd, kètèlipun sagêd ugi anjêblug utawi pêcah. Kètèl ingkang wontên ing locomotief wau dipun dèkèki bolongan kalih sami dipun sumpêli tosan ingkang trêp utawi mathis rapêt, sumpêl-sumpêl punika kasama dipun damêl supados sagêd mlêbêt mêdal ing bolongan kanthi gampil, sumpêl kalih wau dipun gandhèng mawi sêtang tosan ingkang kiyat, ing têngah-têngahipun sêtang lêrês dipun trapakên ing sêtang ingkang ngadêg, dipun reka supados sêtang ingkang gandhèng kalihan sumpêl-sumpêl wau ing peranganipun sumpêl kiwa têngên sagêd ebah mangandhap manginggil kadosdene hefboom makatên, yèn hefboom ebah, sumpêl ingkang satunggal mandhap, mlêbêt ing bolongan, sumpêl satunggalipun mêdal saking bolongan, sêtang anjêpat manginggil, saèmpêr kadosdene traju pirantosipun kêmasan kangge nimbang barang mas, salaka utawi intên. (Badhe kasambêtan)

R. Sumadirja, Ind. Arts - Sêmarang.

Pawartos saking Administrasi.

Lêngganan nomêr 4920 ing Karangnugal. Cocog.

Lêngganan nomêr 2681 ing Sala. Tumrap kuwartal 3 saha 4.

Lêngganan nomêr 1146 ing Munthilan. Wisêl f 3 sampun katampi.

Lêngganan nomêr 4427 ing Gondhang. Sagêd katampi.

--- 1076 ---

Kagunan Jawi

Tuntunan Nyinau Nabuh Gôngsa.

Ginêmanipun Dèn Apa kalihan Dèn Iya.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 67.

A: Manawi sampun sagêd kados kasêbut nginggil punika lajêng kadospundi kamas.

I: Yèn wis bisa marang siji-sijining suwara kang kasêbut dhuwur iku banjur digawèkake tatananing suwara kang wis jênêng cengkoking kêndhangan, yaiku diarani golongan ciblonan.

I: E la, sampun katanggêlan kamas, kula panjênêngan damêlakên tatananipun pisan, inggih ingkang gampil-gampil kemawon.

I: Anggonku gawe tatanan iki, anggonmu nindakake kudu sing sarèh lan cêtha panêbaking tangan, kajaba iku batinmu kudu ngapalake suwarane dhisik, dadi tumandanging tanganmu, miturut parentahing batinmu, siji-sijining cengkok, prêlu nganggo ôngka urut, murih gampang anggone nêngêri, lan siji-sijining cengkok iku panyinaune kudu têrus nganti pirang-pirang rambahan, supaya lung tinampaning suwara kang katindakake ing tangan loro mau bisa dang manggon kaprigêlaning tangan. Saiki tak wiwiti saka ôngka 1. tong dhung tong tak, tong dhung tong bêm, 2. dhung tong dhung tak, dhung tong dhung bêm, 3. tong tak tong tak tong glang tong blang, 4. krêtak krêtak tak krêtak tak, krêdang krêdang dang krêdang dang, 5. tong blong tong blang tong blong blang tak, 6. klung tong tak, klung tak tong klung tak, klung tong dang klung tak, blong klung blang, 7. dhung tong dhung tak, dhung tong dhung tak, dhung tong dhung blang dhung tong dhung blang, 8. klung tak dang bêm tak dang bêm tak, 9. krêtê tong krêtê blong krêtê blong blang tak, 10. thung thut thung thut thung bêhêp thung bêhêp, 11. tong êndot, tong êndat, tong êndot dot tak, 12. klung plag, blang plag, klung plag, blang, klung blag, plag, blag, klung blag, plag.

I: Tatanan dhuwur iku pangiraku wis cukup kanggo nyinau kaprigêlaning tangan, dadi mung kari ajar lakuning irama lan cêcengkokan liyane, anggone ajar cengkok liyane iku wis mung kari ngapalake suwarane bae, tangane sasat wis ora ajar, awit tangane wis prigêl nampani parentahing batin.

A: Wah anggèn panjênêngan nêrangakên patraping nabuh kêndhang ingkang sawêg namung kangge nyinau prigêling tangan kemawon manawi tiyang ingkang kirang mêmpêng anggènipun badhe nyinau, sampun ragi anggoblêgakên sirah, saya malih katrangan sanèsipun, kintên kula inggih makatên, dados lêrês, anggèn panjênêngan botên kaconggah andamêl tuntunan tumrap ingkang dèrèng sagêd nabuh punika kamas.

I: Têkan kene prayoga lèrèn dhisik, sawise ngaso banjur miwiti tuntunan tabuhan liyane.

Kodrat, ing Batawi Sèntrêm.

--- 1077 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Jurnalis Mubêng Pasar Gambir.

I

Garèng : Ora, Truk, rêmbugane ing ngarêp luwih bêcik disêtop samene bae, awit saiki wis ngancik Pasar Gambir, mangsane wong sênêng-sênêng lan main rupyan-rupyan.

Petruk : Mupakat, Kang Garèng, karo manèh banjure dêdongenganaku iki ora ambêjaji, sabab mung prakara gawe pilêm thok bae, tur pilêm kolonisasi. Aja manèh sing ngrungokake, wong aku dhewe sing kudu andongèng, iya wis bosên.

Garèng : Sukur ta sukur, yèn kowe wis mupakat. Nèk ora kaliru, Pasar Gambir wis diwiwiti mau bêngi. Kang iku, ing sarèhne sanadyan diaranana cecrekan, kowe mêksa kalêbu jênêng jurnalis, mêsthine kowe rak iya wis icip-icip, ta.

Petruk : Mau bêngi aku durung nonton, Kang Garèng. Awit niyatku arêp nonton mêngko bêngi, bêbarêngan karekaro. kowe lan bakyu, apadene adhimu Makne Kamprèt. Ewasamono kandhamu ing ngarêp ora kaliru, Kang Garèng. Mula nyata anane Pasar Gambir iki aku wis icip-icip, malah kêna diunèkake: nganyari, yaiku: nalika dina Rêbo kang kapungkur, dadi durung paja-paja Pasar Gambir dibukak, kuwi dening komite Pasar Gambir para jurnalis padha diulêmi prêlu diajak mubêng-mubêng nonton kaanane ing Pasar Gambir kono, saka pandongamu aku mèlu katut.

Garèng : Hla, nèk mêngkono kowe iya bisa ngandhakake, kêpriye kaanane ing Pasar Gambir kono, apa akèh tongtonane sing pantês ditongton bangsane kowe aku kiyi.

Petruk : Nèk tongtonane, sapisan kiyi, wah, jan dikayang têmênan, Kang Garèng, lan ing kono komitene Pasar Gambir ngatonake, yèn trêsna têmênan nyang bangsane kowe aku, yaiku bôngsa Jawa.

Garèng : Mêngko sik, Truk, omongmu kiyi sêmune kok ana kênduk-kênduke sing ora kêpenak. Têka kok unèkake: Komitene Pasar Gambir trêsna nyang bôngsa Jawa, lo, kuwi anjukuk pathokan saka ngêndi.

Petruk : Jêpipingna kupingmu, Kang Garèng, tak têrangake sing nganti kumplit. Apa sing tak wêruhi kalane para jurnalis diulêmi dikon nonton kaanane ing Pasar Gambir, wah, tongtonane pancèn iya bakal anyênêngake bangêt, sabab,

--- 1078 ---

mula iya pancèn kumplit. Ewasamono murih têrange, luwih bêcik tak andharake saka wiwitan bae.

[Grafik]

Jam 4.30 ing dina Rêbo tanggal 24 Agustus, para jurnalis wis padha ngumpul ana ing kantore komite. Salah siji pangrèhe banjur lèngsêng sawatara ing bab anane Pasar Gambir saiki kiyi, sauwise para jurnalis banjur diajak mubêng-mubêng. Kang dijujug dhisik dhewe ing papan kang bakal dipigunakake kanggo tèntunsêtèling pitik iwèn. Miturut salah sijining pangrèh, jarene ing kono, sauwise Pasar Gambir dibukak, arêp dipitongtonake pitik saka Ostraliyah, cacahe 200 iji, kang bakal digawa mrene sarana mêsin mabur. Antarane pitik rongatus mau, jarene sing bakal mati 7, dadi sing bakal dipitongtonake mêksa isih ana 193, kajaba iku ing kono uga bakal dipitongtonake mêrak sajodho.

Garèng : Êmbuh, ya, pikiranaku kok ora pati nyandhak. Mungguhing aku dhewe, nèk mung dikon nonton pitik bae, arêpa pitik saka Junggringsalaka pisan, kok iya mung pitik bae. Nèk aku kok iya ora gumun. Dene mungguhing mêrak, aku iya sok sênêng nonton, nanging iya sêlagine... pêrlip, aliyas: kalane mêrak lanang lagi: bèk meyong, bèk meyong, wag wag kêthêkur, ngono kae.

Petruk : Iya, wujuding mêrak lanang ing kala samono pancèn iya asri bangêt. Saka kono, ngliwati ing dalan kang ing kiwa têngêne ana padhasarane warna-warna lan rupa-rupa, para jurnalis mau padha diirit nyang papan padhasaran tumrap barang-barang kawêkêlane wong bumi.

Garèng : Mêngko sik, Truk, iki kok rada luwar biyasah, lumrahe papan padhasaran kuwi rak mung sasisih, ana saikine têka kiwa têngên ana papan padhasarane.

Petruk : Kanggone Pasar Gambir saiki, mula akèh sing luwar biyasah-luwar biyasah kuwi, Kang Garèng, mêngko kowe bakal krungu kabèh. Dene papan padhasaran sing sasisih, wujud: omah warna-warna, saka sewan f 25.- têkane sewan f 150.-

Garèng : Iki luwar biyasah kang kaping pindho...

Petruk : Dene papan padhasaran sing sasisih manèh, toko warna-warna, Kang Garèng, apa sing bakal didhasarake ing papan padhasaran tumrap barang [ba...]

--- 1079 ---

[...rang] kawêkêlane wong bumi, aku durung bisa crita apa-apa, Kang Garèng, awit ing kala samono, ora mung isih suwung gêmplung bae, malah panggarape iya durung rampung. Saka kono banjur mênyang ing papan palorodan. Nanging iki beda karo biyèn, anane papan palorodan dhèk biyèn, wong loro utawa têlu gêgandhengan, mlorod saka ing dhuwur mangisor, wêr, wêr, wêr, kruntêl. Sing diunèkake: kruntêl, kuwi yèn wis tiba ana ing ngisor. Dene papan palorodan saiki beda, Kang Garèng, anggone mlorod saka ing dhuwur saiki sarana nunggang prau, ana ing ngisor diwènèhi blumbangan, dadi saka ing dhuwur: sêr, sêr, sêr, têkan ing ngisor: kêcopak, ora kok banjur kêcêbur ing blumbangan, nanging isih têrus nunggang prau, ngêmungake panganggone rada têlês sathithik.

[Grafik]

Gambar lawang ing Pasar Gambir.

--- 1080 ---

Garèng : Luwar biyasah kang kaping têlu. Nanging ora pati nyênêngake kaya plorodan cara biyèn, sabab ora bisa mak: kruntêl.

Petruk : Luwih-luwih yèn kancane plorodan bangsane sing... pupuran. Kowe kuwi pikirane sing ora ora bae ngono. Ana ing kono disadhiyani: bir, Kang Garèng...

Garèng : Dadi ana ing kono kowe lim-liman, ta. Luwar biyasah kang ôngka papat.

Petruk : Saka kono banjur diirit nyang sing diarani: Batawi kuna. Ing kono ana gêdhong warna-warna, kaya ta: gêdhong gupêrnuran, kantor arkip, romah obat, lan liya-liyane manèh. Kabèh kuwi ngemba gêdhong-gêdhong sing têmênan, nanging sarwa cilik, malah ing kono uga ana kapale Walônda ing jaman kuna.

Garèng : Luwar biyasah kang kaping lima.

Petruk : Banjur kaanane sêpur ing tanah Jawa, lan ing Sumatrah, kuwi digambar cêtha bangêt, nganti kowe wêruh - kapriye lakune wong lêlungan saka Ngayoja upamane, nyang Lampung, utawa nyang Palembang. Dhisike nunggang sêpur, têkan Tanjungpriuk, utawa: Mêrak, saka kono banjur nunggang prau têkan ing Tanjungkarang.

Garèng : Luwar biyasah kang ôngka 6.

Petruk : Kajaba iku isih akèh liya-liyane sing pantês ditongton. Kabèh iku mau, bênêr bêcik lan nyênêngake, nanging tumrape wong saaku kowe, nonton sapisan bae, iya banjur wis bosên. Dadi kanggone wong Jawa, nonkonnonton. Pasar Gambir saiki kiyi, nonton sapisan bae, mêsthi wis bosên. Ora bakal dipindhoni, apa manèh dikaping têloni, mulane aku mau kôndha: komitene Pasar Gambir trêsna bangêt nyang bôngsa Jawa, ngeman yèn nganti main royal.

Garèng : Yak kliru, Truk, nyang Pasar Gambir kuwi, bosên nonton iki iku, lumrahe banjur bisa nonton sing ora bisa bosên, yaiku: wayang wong utawa: kêthoprak.

Petruk : Tongtonan rong rupa iki disêngaja ora dianakake, karêpe komite ora liya, ya kuwi mau, ngeman nyang wong Jawa aja nganti royal-royal.

Garèng : Iki komitene sing sabênêre ora gênah, dadi ing kono prasaksat ngêmohi kagunan Jawa. Jarene lagi anu para têlèk Jawa cacahe 80 padha rêkès nyuwun supaya dianakake kêthoprak utawa wayang wong. Kabare wangsulane kêpriye, Truk.

Petruk : Gêntenan, gêntenan, ing sarèhne salawas-lawase ing Pasar Gambir dianani wayang wong, adile saiki dianani tongtonan Sundha.

Garèng : Luwih adil manèh, lan bisane gêntenan, ing Pasar Gambir taun ngarêp, aja dianakake: wayang wong Jawa, utawa tongtonan Sundha, bêcike... cakalele bae. Wah, aku moh nonton bae, kok isin aku.

Petruk : Lo, aja ngono, sapisan-sapisan iya padha nonton, nèk isin padha macak cara Sundha kabiyan.

--- 1081 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI.

Muhammadiyah tumrap congres ing Mêsir. Benjing tanggal 17 October taun punika, ing Mêsir wontên congres wakil-wakilipun praja Islam, pêrlu ngrêmbag babagan Palestina. Pakêmpalan Muhammadiyah Ngayogya nêtêpakên botên badhe ngintunakên wakil dhatêng congres wau, amargi Muhammadiyah punika sanès pakêmpalan politiek. Bab punika kasumanggakakên dhatêng majêlis Islam luhur ing Surabaya.

Bupati Magêtan. Miturut wartos praja, R. Suryo, wêdana ing Porong, Sidoarjo, katêtêpakên dados bupati ing Magêtan, kanthi sêsêbutan tumênggung.

Pamulangan Bestuursacademie. Miturut wartos tumrap Jawi Têngah priyantun ingkang gadhah panyuwun badhe malêbêt dhatêng Bestuursacademie wontên 64, ingkang badhe katampèn namung 4. Mila lajêng badhe kawontênakên pandadaran saringan, manggèn ing Mosvia. Ing golongan wau ingkang gadhah pangajêng-ajêng katampèn R.M.P.P. Tondowijoyo, asistèn wêdana kitha Sêmarang.

Dhukun dipun cêpêng. Ing dhusun Krètèk, Ngayogya, wontên satunggiling dhukun dipun cêpêng. Dhukun punika dipun suyudi ing tiyang kathah, ingkang kathah têtiyang ingkang sampun nate kaukum tuwin tiyang ngulandara. Saking cariyosing kyai dhukun, piyambakipun sagêd adamêl kêdhotan dhatêng têtiyang sadaya wau.

Ambêskup buku. Pulisi ing Padang mêntas ambêskup buku-buku kuminis ing griyanipun tiyang siti nama Rabbie, nama buku Van Moskou naar Tiflis, karanganipun Rustam Effendi; Grondwet U.S.S.R.; Spanje in het communisme; Fascisme en Trotzkysme. Sadaya wau wêdalan saking Pegasus ing Amsterdam.

Saradhadhu bangsa Batak. Miturut wartos saking pangagêng militèr ing Sidikalang, ing taun punika badhe nampèni tiyang malêbêt saradhadhu bangsa Batak cacah 60. Ingkang punika juru ngajari wontên ing Balige, tuwin ngawontênakên dhoktêr kangge mriksa têtiyang ingkang sami badhe malêbêt saradhadhu.

Residhèn Pamêkasan. Tuwan E.L.J. Tydeman, Residhèn Pamêkasan badhe verlof dhatêng Eropa laminipun 8 wulan wiwit tanggal 29 Augustus punika. Salajêngipun dipun wakili Tuwan F. Velthuizen Weil, asistèn residhèn ingkang kabantokakên dhatêng Residhèn Malang.

Serum Prof. Reenstierma. Wontên wartos, Prof. Reenstierma ing Surabaya, tampi wêlingan saking Amerika supados ngintunakên serum lepra ingkang kathah dhatêng Amerika. Ing bab punika Prof. Reenstierma dèrèng sagêd nyêmbadani, amargi sapunika taksih katindakakên kangge cobèn-cobèn.

Boyongan golongan pangajaran. Tanggal 23 wulan punika sampun wontên golongan pangajaran ingkang bidhal saking tanah Jawi dhatêng papan paboyongan ing Lampung.

Têtiyang sagriya dipun cakot sawêr. Ing kampung Sepang, bawah Serang, Bantên, wontên lare èstri nama Sarwi, nuju dolan wontên sajawining griya dipun cakot ing sawêr siti. Sontênipun malih wontên tiyang jalêr nama Salim, bapakipun Sarwi dipun cakot sawêr, kêlajêng andadosakên ngajalipun. Botên dangu adhinipun Sarwi ugi dipun cakot sawêr, salajêngipun ngajal. Ing Bantên punika misuwur kathah sawêripun mandi, dene ingkang langkung mandi, inggih sawêr siti wau.

Angsal-angsalanipun Pakaryan Post. Angsal-angsalanipun Pakaryan Post wiwit wulan Januari dumugi Juli kêpêngkêr, tumrap post wontên f 7.171.142.-; Telegram f 2.477.917.-; Telefoon f 14.019.712.-. Angsal-angsalan pêpetangan makatên ing taun 1937, tumrap post wontên f 7.545.694.-; telegram f 2.819.088.-; telefoon f 14.716.169.-.

Ir. Abdulkarim. Wontên wartos, Ir. Abdulkarim, ingkang sapunika dados directeur P.A.M.S. ing Surakarta, nglamar padamêlan comm. Van Politie. Ing sêmu bab punika wontên unthutipun kaparêngakên.

[Iklan]

Arta pitulungan saking parentah. Miturut wartos, parentah nyadhiyani arta f 17.000.-, kangge pitulungan dhatêng têtiyang ing laladan Madiun sisih lèr ingkang sami botên kêmêdalan.

Inggah-inggahan guru. M. Sukarji, guru vervolgschool ing Durenan, dados kêpala guru vervolgschool ing Mulyosari (Pagêrwojo) sami bawah Tulungagung. Joyodiwiryo, dados kêpala guru pamulangan angka 2 Sidomulyo (Kalangbrèt), Tulungagung.

Dados Directeur Ambachtsleergang. Karno, gediplomeerd vakonderwijs 1e Gouvernementsambachtsschool ing Bêtawi, dados wd. Directeur Ambachtsleergang ing Purwokêrto.

Kadurjanan kina ing Bandung. Sampun dangu kabudidayan kina ing Bandung tansah kecalan kina, nanging dèrèng sagêd nêtêpakên kadospundi cara-caranipun anggèning nyolong. Dangu-dangu inggih lajêng sagêd nyumêrêpi, inggih punika mêndhêt ing kalanipun taksih dipun pe tuwin mêndhêt saking gudhang, saha salajêngipun pulisi sagêd nyumêrêpi cara-caraning pambucalipun. Mênggah nyatanipun, ingkang dados tukang tadhah bangsa Jêpan tuwin bangsa Eropa. Malah pulisi sampun sagêd ambêskup kina kathah wontên ing griyanipun tukang tadhah.

Mrajaya nyalawados. Tuwan Caluwe, ingkang nindakakên pakaryan damêl agêr-agêr ing Kudus, ing wanci dalu nalika nêngah-nêngahi damêl agêr-agêr, ujug-ujug dipun pênthung ing tiyang ingkang botên kasumêrêpan tiyangipun. Tuwan Caluwe nandhang tatu tuwin godeg utêkipun, salajêngipun kabêkta dhatêng griya sakit ing Sêmarang. Ing pangintên, anggèning Tuwan Caluwe dipun cidra wau jalaran dipun bêntèri, saking anggènipun ngêkêr wêwadosipun damêl agêr-agêr.

Babagan ambtenaar arta praja. R. Suryono, adjunct-controleur babagan pajêg ing Cirêbon, dados adspirant-controleur babagan pajêg ing Bêtawi.

Tuwan Supratman tilar donya. Kala tanggal 17 wulan punika Tuwan Supratman, satunggiling bangsa Jawi ingkang ngarang lagu Indonesia Raya tilar donya wontên ing Surabaya. Tumraping golongan kabangsan, sami amèngêti dhatêng lêlabêtanipun Tuwan Supratman.

--- 1082 ---

Katahan gêgayutan arta palsu. Sampun sawatawis dintên, R.S. commes S.J.S. ing Sêmarang katahan ing pulisi jalaran kadakwa gêgayutan prakawis arta palsu. Aluraning prakawis, tuwan wau ngundang dhukun, dipun bayar arta tigang rupiyah, kêthip sadaya. Sadumugining griya, dhukun wau sawêg sumêrêp bilih arta wau sadaya palsu, salajêngipun lapur dhatêng pulisi. Ing wusana dados prakawis punika, Tuwan R.S. katahan.

Bêbau ing Nieuw-Caledonia. Parentah tanah ngriki amarêngakên dhatêng panyuwunipun consul-jendral Prancis mêndhêt bêbau bangsa Jawi tuwin Madura cacah 500 badhe kaêcakakên damêl ngêmungakên wontên sanginggiling siti, ingkang kajêngipun botên wontên ing papan pamelikan salêbêting siti, ing Nieuw-Caledonia.

[Grafik]

M. Samud Sastrowardoyo sakalihan garwa.

M. Samud Sastrowardoyo. Panjênênganipun M. Samud Sastrowardoyo punika asli saking Bojonêgoro. Satamatipun saking pamulangan klas II nglajêngakên dhatêng pamulangan klas I (1907), saha lajêng malêbêt dhatêng Kweekschool ing Ngayogya. Sasampunipun dados guru kintên-kintên 2 taun, lajêng nglêbêti cursus Hulpacte partikêlir ing Bandung (1913). Pasinaonipun punika dipun lajêngakên dhatêng nagari Walandi. Ing taun 1916 lulus pandadaran Hulpacte, lajêng wangsul dhatêng tanah ngriki. SalabêtipunSalêbêtipun. nyêpêng damêl, nyambi ngudi pados Hoofdacte, inggih punika Europeesche Hoofdacte, sagêd kêcêpêng wontên ing taun 1922. Salajêngipun dados pangagêng guru H.I.S. ing probolinggo, tuwin ing taun 1930 dados directeur Normaalschool ing Jombang. Sarêng pamulangan wau suwak, lajêng dados pangagêng guru H.I.S. ing Kêdiri malih. Ing Wêkdal punika panjênênganipun lulus pandadaran basa Jawi tuwin Land- en Volkenkunde tanah ngriki. Ing taun 1937 kaangkat dados ambtenaar ter beschikking ing Departement Pangajaran. Ing sapunika dados Plv. Inspecteur Inl. onderwijs ter beschikking. Limrahipun padamêlan punika dipun tindakakên ing bangsa Walandi.

Têtakan ing pabrik Marikangên. Pabrik sigarèt Marikangên ing Surakarta mêntas nêtakakên anak-anaking punggawanipun cacah 54. Ingriku mawi paargyan, tamunipun kirang-langkung 3000. Rèsipun wontên ing Hulp-Ziekenhuis Muhammadiyah ing Bathangan. Ingkang sami têtak katumpakakên autobus rinêngga-rêngga wangun garudha tuwin baita. Têtingalanipun ingriku ringgit tiyang, kêthoprak tuwin sanès-sanèsipun, ingkang dipun tindakakên dening punggawa ingriku piyambak.

Bank tiyang siti. Kala Congres Centrale Raad Javaansche Katholiek Socialen Bonden ing Ngayogya, wontên rêmbag nêtêpakên adêging bank apawitan f 10.000.-. Ingkang kapilih dados directeur Tuwan R.M. Th. S. Purbadibrata, bank madêg ing Ngayogya.

Kratatau mindhak inggil. Miturut papriksan, sasampuning mêntas mblêdhos, inggiling rêdi Krakatau mindhak dados 82 m, ingajêng namung 75.80 m. Pulo ing sacêlakipun ingkang inggilipun dados 80 m, pulo sandhingipun malih dados 50 m.

Rumêksa kamlarataning pangrèh praja. Wontên dhawuhing parentah dhatêng para pangrèh praja, supados ing sabên taun angladosna pratelan pintên kathahing sambutanipun ing taun wau. Bab punika parentah manggalih bilih tumraping pangrèh praja botên prayogi manawi sugih sambutan. Kajawi punika parentah inggih botên rêna manawi asring damêl ramèn-ramèn, amragiamargi. tindak makatên wau inggih mahanani botên sae.

Pamulangan luhur Dhoktêr. Lulus dados arts perangan kapisan, Tuwan Liem Yang Kiok tuwin Tuwan R.S.A. Paminto. Katêtêpakên dados arts, Tuwan-tuwan J.O. Picaly, Sarjono Utomo. Lulus candidaatsexamen perangan kalih kanthi angsal pangalêmbana M. Satriyo, nonah Oei Gwat Nio tuwin Tuwan R. Ali Murti tuwin M. Suparto.

Badhe mèngêti para ridder M.W.O. Ing Bandung madêg comite ingkang badhe ngawontênakên paargyan mèngêti wontêning M.W.O. sampun 125 taun, dhawah tanggal 30 April 1940. Pèngêtan punika badhe kawujudakên paargyan kanthi ngulêmi para ingkang sami angsal bintang M.W.O. ing saindêngipun tanah ngriki dhatêng Bandung. Tumrap tanah ngriki ingkang angsal bintang M.W.O. wontên 275. Ingkang katêtêpakên dados warga pangrèh, Jendral Berenschot, pangarsa, Mayor Van der Sterren, panitra, pangarsaning Javasche Bank, artaka. Warga sanès-sanèsipun, Residhèn Priyangan, Ader, pangagêng S.S., Tuwan-tuwan Roed, Rehatta, Mogot tuwin Sosrohadikusumo, sami warga Raad Kawula.

Parade agêng. Ing sarèhning badhe wontêning baris kapal pêrang ing lautan Tanjungpriok dipun sandèkakên, inggih punika dintên dhawahing paargyan mèngêti jumênêng nata 40 taun ing tanggal 6 Sèptèmbêr ing Bêtawi kawontênakên parade agêng saking golongan-golongan wadya ing Weltevreden, Mr. Cornelis tuwin Bogor, tuwin wadya kapalan saking Bandung. Kajawi punika wadya gêgana ugi badhe baris wontên sanginggiling papan parade. Tumrap parade padatan ing tanggal 31 Augustus kasuwak.

Rêdi Papandayan kêbêsmèn. Dèrèng dangu rêdi Papandayan mêntas kêbêsmèn, latu mrèmèn ambêsmi walirang. Rahayu punggawa pakaryan wana tuwin pangrèh praja lajêng sagêd nyirêp, kanthi rêkaos.

NAGARI WALANDI.

Utusan dalêm nata Surakarta. Utusan dalêm nata Surakarta, B.K.P. Hangabèi sakalihan tuwin putra kalih, sampun dumugi nagari Walandi, dipun papag wêwakil dalêm nata, kaptin Romswinckel, tuwin wêwakil ministêr Jadahan, Tuwan petrus Blumberger. Utusan dalêm punika lêrêm wontên hotèl Wittebrug.

EROPA.

Nata Belgia badhe têdhak Parijs. Wontên wartos, benjing wulan October ngajêng punika, panjênêngan Nata Belgie badhe têdhak Parijs, pêrlu badhe masang sela pèngêtan tumrap suwargi ingkang rama, Prabu Albert.

ASIA.

Palestina saya ruwêd. Rêrêsah ing Palestina taksih lajêng kemawon. Hebron dipun pêjahi dening golongan rêrêsah. Bank Barclay dipun koyok. Awisan tiyang mêdal ing wanci dalu katindakakên kêncêng. Wontên wadya bêbantu saking Jerusalem kanthi motor dêdamêl mriyêm. Motor mabur nyirêp golongan rêrêsah saking gêgana.

Kasangsaran ing Jêpan. Gunggunging tiyang ingkang tiwas jalaran saking wontêning bêna ing Korea lèr wetan, kalêbêt Kankhyohokudo, Kankyonando saya wêwah-wêwah. Dumuginipun sapunika, miturut cathêtan, tiyang ingkang tiwas 363, nandhang tatu 50, ical 351. Griya ingkang kèli 1375, griya ambruk 1254, griya ingkang kêbênan 19.134. Kapal-kapal ingkang ical 27.

Kapal Hansa kèrêm. Sampun sawatawis dintên kapal Jerman "Hansa" tubrukan kalihan kapal Inggris Tungwo wontên ing lèpèn Whangpo, kapal Hasan kèrêm, kintên-kintên wontên tiyang bangsa Tionghoa cacah 150 ingkang sami numpak kapal Hansa sami tiwas. Ingkang sagêd kêtulungan namung nangkodaning kapal bangsa Jerman tuwin bangsa Tioghoa 13.