Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1939-06, #1668

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1939, #1668
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1939-01, #1668. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1521.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1939-02, #1668. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1520.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1939-03, #1668 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1519.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1939-06, #1668. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1518.

Kajawèn

No. 48, 16 Juni 1939

Pahargyan Mangkunagaran Tigang Windu

Bale Pustaka Batawi

--- 0 ---

[Iklan]

--- 761 ---

Ôngka 48, Ju Pa, 28 Bakdamulud Je 1870, 16 Juni 1939, Taun XIV

Pahargyan Mangkunagaran Tigang Windu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 Bêtawi Sèntrêm.

Pudyastuti

[Grafik]

Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VII ing Surakarta, sakalihan garwa dalêm Gusti Kangjêng Ratu Timur.

[Dhandhanggula]

Sru sinartan sêrênging sêsanti / pindha woring astawèng kasrêdhan / manis kang sumungku mangke / mring panjênêngan luhung / Kangjêng Gusti Pangran Dipati / Arya Mangkunagara / kasapta misuwur / de mangkya marêngi môngsa / jumênênging pangasta kawasèng nagri / wus tri windu pinetang //

ing pamuji mugi lumastari / tumapaking pêpèngêt punika / dadya lêlantaran sae / jumênêng dalêm tulus / tanpa kara anggung nêrusi / sumrambah sanityasa / ngayomi sawêgung / pra wandu-wandawèng praja / sarwa suka ngrasantuk barkahing Gusti / lumintu tanpa sêla //

wus katitik duk wiwit ngrênggani / pangastaning panguwasèng praja / jêjêg tan bau-kapine / kêncêng kaduk amêngku / angayêmi arasa tistis / sing karoban kawasa / ambêg kang linuhung / sae lurusing panindak / kang sanyata tumitihira atitis / rampung tanpa sangsaya //

kang mangkana pinangguh ing mangkin / sunarirèng kang praja kawuryan / kawistara kana-kene / marma jumênêngipun / Kangjêng Gusti Pangran Dipati / Mangkunagara sapta / ing saèstunipun / datan wontên kang tumimbang / kasaksèn ing ananing praja linuwih / tata myang arjanira //

mugi-mugi paduka jêng gusti / sakalihan jêng ratu myang putra / doh kêpanduk tindak dede / têtêp rumêngganipun / dadya pandom sêkaring puri / têkèng diwasanira / dinohan rêridhu / satêmah mawor panunggal / luhurirèng gusti sugêng tanpa kawis / arja praja kawula //

--- 762 ---

Adêgipun Praja Mangkunagaran

Ing salêbêtipun abad ingkang kaping XVIII tanah Jawi kenging kawastanan botên nate sêpên ing rêrêtu. Ingkang dados lajêring dahuru, pasulayanipun para agêng ingkang sami arêbat kaprabon.

Pusêring krajan Jawi ing nalika punika wontên ing Kartasura. Panjênênganing nata ing Kartasura Sinuhun Sunan Mangkurat Mas ing taun 1704 kakendhangakên dhatêng ing Selon, ginêntosan Sinuhun Pakubuwana I, satunggiling nata Jawi ingkang sakalangkung supêkêt pamitranipun kalihan Kumpêni Walandi.

Ing taun 1719 Sinuhun Pakubuwana I surud, yuswa 70 taun. Sadèrèngipun surud, sampun sarêmbag kalihan Kumpêni, ingkang kaparêngakên sumilih kaprabon putra ingkang ôngka sakawan, inggih punika Pangeran Prabu. Punika andadosakên kirang sênêngipun para putra tuwin para agêng sanès-sanèsipun, satêmah sami nandukakên rêrekan supados Sinuhun Pakubuwana I karsa nyêlêd pangandika dalêm, anglorod Pangeran Prabu sarta lajêng nêtêpakên Pangeran Pati ingkang pancèn wênang nampèni kaprabon. Ingkang makatên punika andadosakên kuwatosipun Kumpêni. Jalaran Kumpêni sumêrêp bilih dhasaring panggalih nata pancèn miyur, mila lajêng enggal-enggal ngutus Tuwan Gobius dhatêng ing Kartasura ngaturi rêmbag dhatêng sinuhun supados sampun ngantos andhahar atur bêbolèhipun para santana tuwin para putra. Anggènipun Kumpêni gadhah rêmbag makatên, jalaran Pangeran Prabu punika sami-sami putra ingkang sae piyambak tangkêpipun dhatêng Kumpêni.

Kalampahan, ingkang Sinuhun Pakubuwana I surud, Pangeran Prabu ingkang kajumênêngakên nata, jêjuluk Amangkurat II, inggih Sunan Prabu (Mangkurat Jawa).

Jumênêngipun Sunuhun Prabu punika kathah para agêng ingkang botên nayogyani. Malah pêpatih dalêm piyambak inggih botên jodho, ingkang dipun sawungi Pangeran Purbaya.

Nalika Sinuhun Pakubuwana I taksih sugêng, sadhèrèk dalêm Pangeran Dipanagara kalihan Pangeran Dipasônta sampun sami lolos saking praja nêdya ambalela. Sarêng Sunan Prabu jumênêng nata, Pangeran Purbaya, Pangeran Blitar tuwin Pangeran Arya Mataram sami nusul lolos. Malah lolosipun ngajak putra Sunan Prabu ingkang taksih timur, inggih punika Pangeran Mangkunagara.

Kiyating kraman botên dangu, jalaran para pangeran sami congkrah piyambakan, wasana sami kêpêksa nungkul asrah bongkokan. Para pangajênging kraman, kajawi Pangeran Mangkunagara, sami kakendhangakên dhatêng Selon utawi Kaapstad. Pangeran Purbaya kaapuntên kalêpêtanipun, namung mêksa kasingkirakên wontên ing wêwêngkon Tanggêrang. Dene Pangeran Mangkunagara wangsul dhatêng ing Kartasura.

Sasirêping kraman praja Kartasura pulih karta raharja, nanging inggih botên dangu. Tanggal 22 April 1727 Sunan Prabu surud, ingkang anggêntosi jumênêng nata putra anèm, sawêg yuswa 16 taun, jêjuluk Pakubuwana II, dipun êmbani ingkang ibu tuwin Patih Danurêja. Pancènipun ingkang ibu kalihan Patih Danurêja punika ing batos sami [sa...]

--- 763 ---

[...mi] mêmêngsahan, nanging sarèhning kêkalihipun sami dene nglênggahi anggènipun dados êmban, tansah sami ngupados reka murih sagêd nyirnakakên kaliliping praja. Dene ingkang kaanggêp dados kaliliping praja ingkang nomêr satunggal, inggih punika Pangeran Mangkunagara. Kalampahan, Pangeran Mangkunagara sagêd kakentasakên saking nagari, sarta kakendhangakên dhatêng Selon.

Sêriking panggalihipun Pangeran Mangkunagara wau botên sagêd kawujudakên ing pamalês, ananging tumurunipun thukul wontên ing panggalihipun ingkang putra Suryakusuma, inggih Radèn Mas Said, ingkang pawingkingipun jumênêng Mangkunagara I.

Sanajan Pangeran Mangkunagara kakendhangakên, praja Kartasura mêksa dèrèng sagêd têntrêm, taksih kathah para agêng tuwin para bupati môncanagari ingkang botên condhong kalihan Sinuhun Pakubuwana II. Mila sarêng wontên kraman Cina, têtularan saking ing Batawi, kalampahan kitha Kartasura bêdhah, inggih punika kala tanggal 30 wulan Juni taun 1742. Wadya Kartasura bibar, Sinuhun Pakubuwana II kèngsêr kêplajêng mangetan dhatêng Magêtan tumuntên dhatêng ing Panaraga.

Tujunipun lajêng katungka dhatêngipun dêdamêl saking Madura ingkang dipun senapatèni Cakraningrat bupati Madura. Wadya bala kraman botên kuwawi nadhahi pangamukipun dêdamêl Madura, satêmah sami lumajêng tilar galanggang. Kitha Kartasura gêntos dhumawah ing tanganipun Cakraningrat. Nanging saking prigêlipun Reinier de Klerck, pangagênging Kumpêni ing Surabaya, Kartasura inggih lajêng kawangsulakên dhatêng Kumpêni malih.

[Iklan]

--- 764 ---

Tanggal kaping 11 Nopèmbêr 1743 Ingkang Sinuhun Pakubuwana II inggih lajêng kajumênêngakên nata malih wontên ing Kartasura. Ananging rèhning kitha Kartasura sampun risak, punapadene kaanggêp awon tanjêgipun, kraton lajêng kapindhah mangetan dhatêng ing dhusun Sala.

Kawontênaning nagari taksih dèrèng têntrêm, para agêng taksih nglajêngakên anggènipun sami ngraman.

[Grafik]

Jênggêrênging pura Mangkunagaran, tuwin untabing pasamuwan.

Dene kraman ingkang santosa sarta ingkang mutawatosi piyambak, inggih punika Radèn Mas Said, jalaran kajawi pancèn kathah wadyabalanipun, inggih sakalangkung sagêd adamêl gêlar ingkang mikantuki, wah malih kasudiran miwah kaprawiranipun dede-dede. Kathah laladan ingkang sampun katêlukakên, malah bumi Sukawati inggih sampun karêgêm dhumawah ing panguwaosipun. Uwalipun jalaran saking panglawanipun Mangkubumi, ingkang lajêng kaparingakên. Nanging awit saking tarekahipun Patih Pringgalaya, siti Sukawati wau botên lêstantun kagadhuh Pangeran Mangkubumi, lajêng kajabêl malih badhe kaparingakên Patih Pringgalaya piyambak.

Ingkang makatên punika andadosakên winihing pasulayan agêng-agêngan.

Salêbêtipun Surakarta wontên rêruwêt makatên punika, kalêrêsan Gupêrnur Jendral Van Imhoff mêrtamu dhatêng Surakarta. Kajawi papriksa kawontênaning tanah Jawi Têngah, inggih badhe damêl prajanjian enggal kalihan Sinuhun Pakubuwana II ingkang minôngka dados jêjangkêpipun prajanjian ing taun 1743. Wontên ing ngriku Van Imhoff dipun waduli kathah-kathah bab tindakipun Pangeran Mangkubumi, anggènipun botên purun ngundurakên siti gêgadhuhanipun. Van Imhoff lêrêsipun [lêrê...]

--- 765 ---

[...sipun] botên patos dhamang dhatêng ubat-ubêting prakawis, namung saking kumêdah-kêdahipun badhe ngrukunakên, wontên pasamuan kawêdal pisrêngênipun kathah-kathah dhatêng Pangeran Mangkubumi ingkang anjalari lingsêm tuwin muringipun, nanging botên kalairakên sanalika, namung dalunipun botên mawi bribin-bribin lajêng lolos ngêmpal kalihan Radèn Mas Said.

[Iklan]

Praja Surakarta orêg. Enjingipun Van Imhoff enggal-enggalan kintun sêrat dhatêng Mas Said, wigatos sinasuka pêpèngêt sarta suka pamrayogi puruna wangsul dhatêng nagari. Sêratipun Van Imhoff dipun wangsuli cêkak aos, botên purun.

Botên antawis dangu Pangeran Mangkubumi sagêd mêpak dêdamêl, sarta inggih kalampahan sagêd anggêbag kitha Surakarta sisih lèr, ngantos damêl karisakan agêng. Saking ing ngriku lajêng nglanjak mangalèr dhatêng ing Juwana tuwin Pathi. Radèn Mas Said nglajêngakên anggènipun ambalela, anjrak bêbètèng wontên ing laladan Bagêlèn.

Panguwaos punapadene talatah têtêlukanipun Pangeran Mangkubumi kalihan Radèn Mas Said, saya dangu saya mindhak agêng.

Ing salêbêtipun nagari dahuru punika, Sinuhun Pakubuwana II surud, kalêrês tanggal 20 wulan Dhesèmbêr 1749. Nalikanipun gêrah sangêt Von Hohendorff, kumêndhiring Kumpêni ing Sêmarang, dhatêng ing Surakarta, tumut ambiyantu anjagi katêntrêmaning kitha manawi wontên drêdah pasulayan rêbat kaprabon. Ngajêngakên surud, inggih punika tanggal 11 wulan Dhesèmbêr 1749, Sinuhun Pakubuwana masrahakên nagari salaladanipun sadaya dhatêng Kumpêni, tanpa mawi pamundhut utawi prajanji punapa-punapa. Ing sakawit Kumpêni gadhah sêdya badhe anjumênêngakên Pangeran Mangkubumi, nanging kasandèkakên. Ingkang kajumênêngakên nata èstu Pangeran Pati ingkang sampun katuding rumiyin sarta lajêng jêjuluk Pakubuwana III. Anggènipun anjumênêngakên tanggal 15 wulan Dhesèmbêr, dados kirang 5 dintên saking sedanipun Sinuhun Pakubuwana II.

Jumênêngipun Pakubuwana III botên andayani punapa-punapa dhatêng adêging kraman. Takêpipun Pangeran Mangkubumi kalihan Radèn Mas Said saya rakêt, margi Radèn Mas Said lajêng kadhaupakên kalihan Radèn Ajêng Intên (pawingkingipun asma Ratu [Ra...]

--- 766 ---

[...tu] Bêndara) putra-putrinipun Pangeran Mangkubumi ingkang sêpuh piyambak.

Pêpêrangan saya agêng, têbaning paprangan inggih saya jêmbar, wadyabalaning kraman saya santosa. Radèn Mas Said dhasar prajurt prawira, sagêd ngiguhakên wadya. Mumpuni gêlaring pêrang, mila pêrangipun kêrêp unggul. Ingkang kêrêp apacak gêlar lèrès manawi kêtitih lajêng mundur mapan, ingkang sami ngêlud dipun êntosi sasayahipun. Manawi sampun sayah, gêntos kagêbag purun, anjalari karisakaning mêngsah. Makatên ugi Pangeran Mangkubumi, pêrangipun inggih sakalangkung ulêt, iguh gêlaring pêrang sairib kemawon kalihan putra mantu Radèn Mas Said. Dipun cêcèwèng makatên punika, Kumpêni rumaos kêthetheran, sêdyanipun badhe nyirêp kraman kathah uthutipun cabar, jalaran kêkirangan wadyabala, kêkirangan sarana, pangiriting baris kathah ingkang kirang mrantasi. Kawontênaning nagari saya katingal risak, ing pundi-pundi sambat kêkirangan têdha. Kacariyos saking awisipun, wos sakayon ngantos rêgi satus ringgit. Manawi kalajêng-lajêngakên, kawontênaning nagari tamtu morat-marit. Kangge mulihakên karaharjaning nagari, botên wontên sarana sanèsipun kajawi namung bêdhami.

Salêbêtipun karibêdan punika, nama kalêrêsan sangêt tumrapipun Kumpêni, dene Pangeran Mangkubumi kalihan Radèn Mas Said gèsrèk rêmbag ingkang anjalari rêngganging supêkêtipun, satêmah sami pêpisahan, ingkang atêgês samidene suda kêkiyatanipun.

Von Hohendorff lajêng ngupados margi sagêdipun bêdhami kalihan Radèn Mas Said. Kumpêni nglampahakên kengkenan ngajak bêdhami, Radèn Mas Said taksih kêkah, purun bêdhami manawi kajumênêngakên nata nguwaosi praja Mataram sadaya. Pangeran Mangkubumi midhangêt wartos yèn Radèn Mas Said nêdya andhêpani tanah Jawi makatên punika, sakalangkung ing dukanipun. Botên gantalan dintên lajêng anggêbag barisanipun Radèn Mas Said, dados rêrêmpon pêrang agêng-agêngan. Kawontênaning pêpêrangan saya rame, sabên sagolongan amêngsah kalih golongan.

Von Hohendorff pakèwêd sangêt, rumaos botên kêconggah nyirêp kraman. Ing taun 1754 nêdha kêndèl, dipun gêntosi Nicolaas Hartingh, pangagêng Walandi ingkang ngrêtos sangêt dhatêng basa tuwin padatanipun bôngsa Jawi.

Saking sêdyanipun Kumpêni ingkang badhe kaajak bêdhami rumiyin Pangeran Mangkubumi. Manawi sampun sagêd bêdhami, lajêng badhe kaajak sêsarêngan ngayoni Radèn Mas Said. Mirêng pawartos makatên punika, Radèn Mas Said lajêng ngrumiyini anggêbag Mataram, sêdyanipun badhe anjugarakên rêmbag, sarta nusuli sêrat dhatêng Pangeran Mangkubumi, wosipun atur rêmbag manawi Pangeran Mangkubumi karsa ngêmpal malih, benjing manawi Radèn Mas Said jumênêng nata ing rat Jawi, badhe dipun caosi sapalihing nagari. Atur pirêmbagipun Radèn Mas Said wau tamtu kemawon andadosakên lan dukanipun Pangeran Mangkubumi, sarta inggih ngenggalakên anggènipun badhe bêdhami kalihan Kumpêni. Kalampahan Pangeran Mangkubumi saèstu bêdhami kalihan Kumpêni wontên ing Padagangan, kaprênah saantawisipun kitha

--- 767 ---

Grobogan kalihan Dêmak. Panêdhanipun Pangeran Mangkubumi dipun lêksanani, kajumênêngakên sultan ngêrèh sapalihing nagari. Anggènipun bêdhamèn punika nglêrêsi tanggal 22 wulan Sèptèmbêr 1754.

[Iklan]

Nalikanipun Pangeran Mangkubumi sawêg rêrêmbagan kalihan Gupêrnur Hartingh wontên ing Padagangan, Radèn Mas Said mêpak dêdamêl ingkang sakalangkung kiyat, badhe nukup wadyabala Kumpêni kalihan wadyabalanipun Pangeran Mangkubumi. Nanging dumuginipun ing Padagangan sampun kasèp. Gupêrnur Hartingh sampun tindak, kantun Pangeran Mangkubumi piyambak. Radèn Mas Said asoroh amuk, wadyabalanipun Pangeran Mangkubumi bibar lumajêng salang-tunjang. Pangeran Mangkubumi prayitna ing pakèwêd, lajêng trimah ngawon rumiyin, anglès umpêtan wontên ing guwa. Sarêng sampun ragi ombèr sakêdhik, Pangeran Mangkubumi tumuntên mêpak wadyabala malih, ngêmpal kalihan wadyabalanipun Kumpêni, nandangi pangamukipun Radèn Mas Said. Kalampahan rêrêmpon pêrang malih, carub wor rukêt samidene abên kawêgigan tuwin kaprawiran. Wadyabalanipun Radèn Mas Said kuwalahên, lajêng apacak gêlar mundur mapan. Sawêg badhe ngayati nêmpuh malih, katrajang ing sêsakit, mila lajêng katêtêl mundur, têrus kaêlud ngantos kêplajêng dumugi ing wêwêngkon parêdèn kidul. Wadyabalanipun Radèn Mas Said karisakan agêng, kathah ingkang mlajêng utawi nungkul asrah bongkokan. Sanadyan sampun katêlasan prajurit, Radèn Mas Said taksih kêkah botên nêdya nungkul. Wontên ing parêdèn kidul taksih mubêt, apacak pêrang lèrès botên gampil dipun êndhih.

Saking ubêtipun Gupêrnur Hartingh, saya dangu sagêd ngêlukakên panggalihipun Radèn Mas Said, ngantos kawêdal pangandikanipun, purun bêdhami manawi kaparingan siti ingkang kakarsakakên. Pêpanggilipun sapunika langkung ènthèng tinimbang rumiyin. Gupêrnur Hartingh lajêng nêsêg anggènipun badhe ambêdhamèkakên. Kalampahan kala tanggal 17 wulan Marêt 1757 Radèn Mas Said, Gupêrnur Hartingh tuwin pêpatih ing Surakarta sami pêpanggihan wontên ing Salatiga, nêtêpakên anggènipun sèlèh dêdamêl tuwin bêdhamèn. Pêpuntoning rêmbag adamêl marêming tiga-tiganipun. Radèn Mas Said kaparingan wêwênang ngêrèh 4000 cacah, nyakup ing talatah Kêduwang, Laroh, Matesih tuwin pasitèn ing parêdèn kidul. Dene kalênggahanipun katêtêpakên dados Pangeran Miji, salajêngipun asma Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, dêdalêm wontên ing kitha Surakarta.

Makatên punika mulabuka adêgipun praja Mangkunagaran.

--- 768 ---

Prajurit Mangkunagaran (Legiun)

Wiwit madêg, praja Mangkunagaran punika sampun dipun wontêni prajurit, punapa-punapanipun kaangkah supados sami kalihan prajurit Walandi. Saking kajêngipun Kumpêni, prajurit wau kajawi kangge kaprabon amêwahi kaluhuranipun ingkang jumênêng Mangkunagara, inggih kenginga kapêndhêt baunipun samôngsa Kumpêni bêtah pitulungan.

[Grafik]

Prajurit Mangkunagaran.

Mila wragad sakapurantosipun sadaya ingkang nyanggi inggih Kumpêni Walandi. Kala tanah Jawi karêbat Kumpêni Inggris, jaman pêrang agêng Dipanagaran, nalika ing Bangkah wontên dahuru punapadene kala pêrang ing Acèh, botên sakêdhik lêlabêtanipun prajurit Mangkunagaran dhatêng parentah Walandi.

Prajurit wau tumraping praja Mangkunagaran sakalangkung agêng sawabipun, sapisan dados kaprabon ingkang mêwahi kaluhuran, kaping kalih, tumrap para putra santana tuwin para kawula dados tuking panggêsangan, dene kaping tiganipun, kenging kawastanan dados tuking daya ingkang anggèndèng praja Mangkunagaran amurih laras kalihan panêdhaning jaman. Prajurit Mangkunagaran punika tansah dipun udi sagêda mapaki prajurit Walandi, ing bab kaprajuritan tansah ngênut lampahing kaprajuritan ing jagat, tansah ngulatakên ebahing jaman, ingkang punika sabotên-botênipun mêsthi inggih anggèndèng praja Mangkunagaran amrih laras kalihan kawontênaning jaman. Kathah adat tatacara Jawi ingkang dipun ewahi kalarasakên kalihan kamajêngan. Sadèrèngipun gupêrmèn damêl ormat sirkulèr praja Mangkunagaran sampun angrumiyini,

--- 769 ---

ngewahi pranatan dhodhok sêmbah sapiturutipun. Botên namung ing bab padatan, ing bab kaprajan sanès-sanèsipun inggih kathah ingkang kaewahan kalarasakên kalihan kajênging jaman.

Wondene bab titimôngsa, kala punapa praja Mangkunagaran punika wiwit dipun wontêni prajurit, prakawis punika botên kasumêrêpan têrang. Namung manawi nitik suraosing sêratipun Gupêrnur Engelhard dhatêng Kangjêng Gusti II (26 Oktobêr 1808) kenging kapêsthèkakên, yèn wontênipun prajurit wau sarêng kalihan adêgipun praja Mangkunagaran, inggih punika ing taun 1757.

Sasurud dalêm Kangjêng Gusti I (17 Nopèmbêr 1795) ingkang gumantos wayah dalêm, Pangeran Arya Prabu Prangwadana, ing pawingkingipun jumênêng Mangkunagara II. Ing suwau Mangkunagaran tampi wragad saking parentah Walandi 4000 ringgit, tumônja kangge nyampêdi kabêtahaning prajuritipun, botên antawis dangu kakantunakên sapalih, malah pawingkingipun botên dipun sukani babarpisan, prajurit Mangkunagaran kasuwak.

Ing nalika punika tanah Eropah rame, Prancis kalihan Inggris drêdah pasulayan, nagari Walandi kapêksa tumut kêsangkut, jalaran rakêt sangêt pamitranipun kalihan nagari Prancis. Pamarentah Walandi ing tanah ngriki inggih lajêng siyaga ing pakèwêd. Margi saking punika ing taun 1803, prajurit Mangkunagaran dipun gêsangakên malih.

Jamanipun Gupêrnur Jendral Daendels ing taun 1808, prajurit Mangkunagaran dipun santosakakên, gungung kêmpal wontên 1150 (inpantri 800, jagêr 100, kapalêri 200, artilêri 50), dene wragadipun kapulihakên kados rumiyin, 4000 ringgit.

Ing taun 1811 tanah Jawi dhumawah ing panguwaosipun Kumpêni Inggris, prajurit Mangkunagaran katut kasuwak. Nanging botên antawis dangu (13 Pebruari 1812) kagêsangakên malih dening Litnan Jendral Raffles, sarta lajêng katata cara prajurit Inggris, tampi dêdamêl tuwin mêntering saking pamarentah Inggris, dene prajanjianipun inggih sami kemawon kalihan kala kacêpêng Walandi.

Sarêng tanah Jawi kawangsulakên malih dhatêng paprentahan Walandi, Kangjêng Gusti II enggal-enggal ngaturakên kasusêtyanipun, punapadene masrahakên prajuritipun (nalika samantên wontên tiyang 730) sagah ambantu pamarentah Walandi. Prajurit Mangkunagaran kalastantunakên, dipun wêwahi sakêdhik dados 800. Jaman pêrang Dipanagaran, dipun santosakakên dados 1500, blônja sarta cadhonging prajurit ingkang nyanggi parentah. Sabibaring pêrang, kasuda malih kantun 1000, wasananipun kawangsulakên malih kados sakawit inggih punika 800.

Ing pawingkingipun miturut sêrat kêkancingan nagari 2 April 1875 No.11, prajurit Mangkunagaran dipun ewahi katata malih, kadadosakên 6 brêgada, sabrêgadanipun tiyang 120, prajurit kapalêri sapalih eskadron tiyang 76, prajurit mriyêman sapalih batêre adêdamêl mriyêm sakawan, wiyaring cangkêmipun 8 cm, isèn saking ngajêng (voorlaad).

Kala samantên, prajurit Mangkunagaran punika dèrèng kenging kawastanan mitadosi, jalaran panggladhi sarta piwulangipun dèrèng kados prajurit Walandi, makatên ugi opsir-opsiripun inggih dèrèng tampi piwulang ingkang nyêkapi. Ingkang nuntun para opsir wau litnan ajudan ing bètèng Surakarta, saminggunipun namung sapisan. Makatên ugi prajuritipun [pra...]

--- 770 ---

[...juritipun] kapalêri tuwin artilêri inggih botên tampi panglantih ingkang nyêkapi. Ewasamantên, bokmanawi kemawon margi saking sêtyatuhu sarta tumêmênipun para prajurit tuwin para opsir, prajurit Mangkunagaran kala samantên sampun botên patos nguciwani. Sabên taun dipun priksa pangagêng Kumpêni ing Sêmarang, angsal-angsalaning papriksan tansah marêmakên.

Gêgayutan kalihan kamajênganing sêsêrêpan prakawis ulah dêdamêl tuwin prakawis gêlaring pêrang, kathah para ahli ingkang gadhah pamanggih, prajurit Mangkunagaran punika kêdah dipun dandosi, nomêr satunggal panggladhi tuwin piwulangipun kêdah dipun kathahi.

Supados sagêd nututi kamajênganing kaprajuritan, ing taun 1895 gupêrmèn lajêng damêl rêrigên nyaèkakên prajurit Mangkunagaran. Kaptin inpantri P.J. Brandenburg kabênum dados kaptin insêtrêktir, kapurih mranata sarta ngrancang tatananing prajurit Mangkunagaran wau. Kalampahan ing taun 1898 dipun tata kadadosakên kawan brêgada, sabrêgadanipun tiyang 170, kapalêrinipun kakantunakên 63, prajuritipun artilêri dipun suwak. Ing ngriku inggih lajêng katancêban, opsir Walandi ingkang sami kapatah mulang sarta anggladhi prajurit Mangkunagaran. Margi saking punika, prajurit Mangkunagaran lajêng mundhak sae.

Tumindaking ewah-ewahan wau botên gampil. Kathah rêribêd tuwin pêpalang ingkang kêdah dipun singkirakên. Margi saking tumêmênipun para opsir, saking sakêdhik prajurit Mangkunagaran jumangkah ngênêr dhatêng kaprajuritan gagrag enggal. Panglantih sarta panggladhinipun dipun rowakakên, botên beda kalihan prajurit Walandi. Makatên ugi dêdamêl, kapurantos tuwin panganggenipun inggih dipun angkah sagêda sami kalihan prajurit Walandi. Ing suwau taksih sami ngangge udhêng wulung mawi topi tanpa sêpatu, kintên-kintên ing taun 1912 sami cukur, topèn tanpa udhêng mawi sêpatu, lajêng dados sami kalihan wadyabala nagari, namung kaot guloning rasukanipun mawi ciri lètêr M.N.

Prajuritipun kapalêri, miturut panitipriksanipun pangagêng militêr ing Salatiga, pancèn inggih botên nguciwani, kathah ingkang sagêd sarta prigêl numpak kapal, prayogi saupami kangge nindakakên ayahan madik-madik utawi ngawat-awati barisaning mêngsah, lan inggih prayogi yèn kangge nglampahakên dhawuh, ewasamantên ing taun 1917 mêksa kasuwak. Saening prajurit kapalêri wau, kajawi margi saening tuntunanipun prajurit Walandi, inggih margi saking barkah kasagêdanipun kumêndhan Radèn Mas Panji Sumadarmaka, priyantun ingkang sagêd, majêng sarta cakêp ing damêl, kaprigêlanipun adamêl cingaking akathah.

Ing taun 1918 prajurit Mangkunagaran dipun rowakakên, karancang badhe kadadosakên tigang bataliyun, sabataliyunipun 1200. Dumuginipun ing taun 1922 sampun dados kalih ewonan, nanging kabêkta saking pangiritan, lajêng dipun ringkêsakên malih kantun 925.

Manawi namung kasawang sagêbyaran, prajurit Mangkunagaran punika kados tangèh sagêdipun mapaki prajurit Walandi, dene sababipun warni-warni. Para prajurit botên sami nunggil manggèn ing tangsi, anggènipun gêgriya wontên ing pakampungan, botên sagêd dipun awat-awati sacara militèr. Sabibaring gladhi, langkung-langkung ingkang sampun sami gadhah têtanggêlan [tê...]

--- 771 ---

[...tanggêlan] anak sêmah, ingkang kathah sami nyambi nyambut damêl kangge nambêl kabêtahanipun. Anjawi saking punika taksih wontên sabab sanèsipun ingkang sagêd nyuda aosing kaprajuritanipun.

Nanging manawi nitik tètèripun, kadosdene manawi gladhi pêrang, katingal manawi prajurit Mangkunagaran punika inggih mitadosi, dados inggih mêsthi wontên prakawis ingkang ngêndhih kuciwa-kuciwa kasêbut ing nginggil wau. Dene ingkang katingal cêtha, prajurit Mangkunagaran punika botên nate - lôngka sangêt - dipun kumandhahakên dhatêng panggenan sanès, dados tangkêpipun para opsir kalihan karerehanipun sakalangkung supêkêt, sami dene ngrêtos mêmanahanipun. Makatên ugi ingkang ngumêndhiri inggih ajêg, awis sangêt santun pangagêng, punika inggih nyumbang agêng sangêt dhatêng saening panggladhi tuwin tataning prajurit. Ingkang sami lumêbêt dados prajurit pancèn kanthi niyat punapadene dhasar sami sênêng dhatêng kaprajuritan, rêmên ulah raga, makatên punika inggih mikantuki sangêt dhatêng tumindaking piwulang tuwin panggladhinipun.

Kajawi saking punika taksih wontên ingkang sakalangkung agêng dayanipun, inggih punika suyud sungkêmipun karerehan dhatêng pangagêngipun. Tumraping praja kajawèn, sampun manjing dados padatan, tiyang alit sami ajrih asih dhatêng para priyantun darah luhur. Raos makatên punika sarêng katanjakakên dhatêng kaprajuritan ingkang sruwa-sruwi mawi tatanan sarta mawi pranatan ingkang maton tur saras, botên kêladuk lan inggih botên kirang, ajrih asihipun lajêng malih dados ambangun miturut, ngaosi sarta ngèstokakên dhawuhing pangagêng kalayan gumolonging manah. Saya sae malih dene ingkang sami lumêbêt dados prajurit wau umumipun para neneman ingkang sampun angsal pangajaran, pramila kajawi sami ngênggèni kaprajuritanipun, inggih botên tilar tata kasusilan. Botên nama kêladukên manawi katêmbungakên, bilih swasana ing kalanganing prajurit Mangkunagaran punika sarwa tata, sarta saras.

Wondene pranataning prajurit samangke miturut punapa ingkang sami katêtêpakên ing kêkancingan nagari tanggal 8 Nopèmbêr 1928 No.31, ingkang asêsirah,,Reglement van het Legioen van Mangkoe Nagara" (pranataning prajurit Mangkunagaran). Wontên ing pranatan wau kasêbutakên, yèn prajurit Mangkunagaran punika têtêp dados 1 1/2 bataliyun, ingkang dados pangagêng ingkang jumênêng Mangkunagara, kalênggahanipun pangkat kolonèl. Sadaya kabêtahan dalah sakapurantosipun ingkang nyanggi nagari. Paprincèn pêpangkataning prajurit, tatanan balônja, cêkak sadaya ingkang gêgayutan kalihan prajurit kaêwrat wontên ing sêrat pranatan wau.

Dene ingkang nyêpêng tuntunan, piwulang tuwin panggladhi, opsir Walandi apangkat mayur utawi kaptin, dados karerehanipun gupêrnur ing Surakarta, nanging ing bab têtanggêlan kaprajuritan, dados andhahanipun kumêndhaming wadyabala Walandi ing Magêlang.

Para opsir sadaya sadèrèngipun katêtêpakên kêdah sami ngaturakên sumpah sêtya, awujud tigang ukara cêkak aos, suraosipun - sêtyatuhu dhatêng sri maharaja - ambangun miturut dhatêng anggêr-anggêr - sungkêm sumarah dhatêng pranataning kaprajuritan. [kaprajuritan...]

--- 772 ---

[....]

Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VII ing Surakarta.

[Grafik]

Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping VII.

Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VII punika timurintimuripun. asma Suryasuparta, putra ôngka 3 saking Kangjêng Gusti ingkang jumênêng kaping V, wiyosan dalêm ing dintên Kêmis Wage tanggal kaping 4 Sapar taun Dal 1815, utawi surya kaping 12 Nopèmbêr 1885. Yuswa 11 taun tinilar seda ing rama (1896). Ingkang anggêntosi kapraboning rama, ingkang paman Kangjêng Gusti VI (seda ing Surabaya).

Wiwit timur sangêt pangungsêdipun ing kasagêdan, tamat saking pamulangan Walandi ôngka I, niyat anglajêngakên dhatêng H.B.S., nanging jaman samantên makatên punika kaanggêp kirang prêlu, punapa malih putraning aluhur, prêlu punapa ngaya-aya, tiyang sampun kagungan pêpancèn piyambak.

Radèn Mas Arya Suryasuparta sakalangkung cuwa, dipun pilalah nilar praja, magang dhatêng Sêmarang, kalampahan dados mantri kabupatèn wontên ing Dêmak. Pangungsêdipun ing kawruh saya mêmpêng, kajawi anjêmbarakên kasagêdanipun basa Walandi saha Jawi, botên sah sinaunipun buku-buku Jawi, babagan kagunan lan karawitan, punapadene ingkang nama ngèlmu Jawi.

Wontên nalar ingkang anjalari crahipun ingkang bupati ing Dêmak kalihan Radèn Mas Arya Suryasuparta ngantos Radèn Mas Suryasuparta kêpêksa oncat saking Dêmak.

Bokmanawi sawêg kadamêl lêlampahan, Radèn Mas Arya Suryasuparta pindha kinuncang ing dewata, ngalaya saindênging tanah Jawi, nyare ing dhusun-ingadhusun, ngemba Sang Amongraga ing Sêrat Cênthini, sangsara punapa ingkang sinôngga. Wataking satriya tama, sadaya inganjingakên tapa brata.

Kocap ingkang jumênêng residhèn ing Surakarta, paduka Tuwan G.F. van Wijk (1906-1914) sakalangkung pana dhatêng pangêmbating praja, rakêt rukêt kalihan para panjênêngan nata, sumêrêp têrang dhatêng kawontênanipun para luhur dalah kawulanipun alit, kala samantên wontên lowongan juru basa, botên katalompèn lajêng dhawuh angupadosi satriya ingkang sawêg ngumbara atapa brata, dinalih punika ingkang sagêd dados sarana kamulyaning praja, minôngka têpa palupi.

Gampilanipun, Radèn Mas Arya Suryasuparta wangsul dhatêng Surakarta, têtêp dados juru basa.

Pancènipun sampun sakeca, amargi dados juru basa makatên balanjanipun botên sakêdhik. Tuwin saupami botên nyambut damêla, para putra punika sampun sami kagungan pêpancèn cêkap, pancènipun kantun mukti wibawa, nyakecakakên sarira, nanging Radèn Mas Arya Suryasuparta botên makatên. Nguningani kawontênan bôngsa, lajêng tumandang tumut angajêngakên bôngsa, botên ngetang susah lan sayah dhasar nalika samantên nyarêngi ebah-ebahan, tuwuhipun pakêmpalan Budi Utama, Sarekat Islam sasaminipun. Ingatasipun [Ingatasi...]

--- 773 ---

[...pun] bôngsa luhur, tanpa wigah-wigih sarawungan lan gêgrombolan kalihan bôngsa kawula. Nate dalêmipun kangge ngajangi parêpatan padudonipun Ngabèi Dwijasewaya kalihan Radèn Jayasudira rêdhaktur Cahya Timur. Panjênênganipun dados pangrèh ing pang Budi Utama Surakarta, tumut ngêdêgakên pangêcapan Budi Utama, malah tumut ngêmbani sêrat kabar Darmakôndha.

[Iklan]

Makatên punika mênggahing sariranipun, lajêng dados jajah, jêmbar pirsanipun dhatêng sadaya kawontênanipun lêlampahan, gampil srawungipun kalihan golongan nginggil dumugi golongan ngandhap. Mila botên elok bilih Radèn Mas Arya Suryasuparta kêrêp dados paran pitakenan. Wontên priyantun Walandi ingkang pancèn trêsna dhatêng bôngsa Jawi (Mr. van Deventer) angajawi niyat nyindikakên kawontênanipun bôngsa Jawi, sarta nyinau kadospundi manawi badhe ngajêngakên tiyang Jawi, punika wontên ing Surakarta ugi botên kêsupèn pados katrangan dhatêng Suryasupartan. Kajawi angsal pamarêm, priyantun Walandi wau inggih lajêng mangrêtos bilih Radèn Mas Arya Suryasuparta punika pancèn satunggaling priyagung neneman ingkang jajah saha landhêp ing budi.

Radèn Mas Arya Suryasuparta, juru basa, ingkang sêsêbutanipun punika sampun mratelakakên bilih putra Mangkunagara, botên trimah namung samantên kemawon, taksih anggayuh anjêmbarakên kawruh ingkang langkung inggil. Ing wulan Juni 1913 nyèlèhakên padamêlanipun juru basa, pangkat dhatêng nagari Walandi.

Wontên ing nagari Walandi, Radèn Mas Arya Suryasuparta [Surya...]

--- 774 ---

[...suparta] tumut sinau wontên ing pamulangan luhur ing Lèdhên, bagean kasusastran wetanan, sasêlaning wanci sagêd ngarang buku ing basa Jawi: Kêkesahan Dhatêng Nagari Walandi, kaêcap saha kawêdalakên ing Balepustaka.

Dèrèng sapintên dangunipun ing nagari Walandi, lajêng katingal balatèr, sampun botên kados tiyang mônca.

[Grafik]

Radèn Mas Arya Suryasuparta nalika dados militèr wontên nagari Walandi (rasukan kêlawu).

Pancèn baud sangêt nyrawungipun dhatêng para agêng saha para alit. Taun 1914 pêcahipun pêrang donya, ing nagari Walandi lajêng wontên mobilisasi. Pamulangan luhur wiwit libur, Radèn Mas Arya Suryasuparta lajêng mlêbêt militèr (Reserve Kader), minggah-minggah dumugi sampun dados litnan resimèn grenadhir. Ing wulan Mèi 1915 lajêng kondur dhatêng tanah Jawi.

Sarawuhipun ing tanah Jawi, wontên Mangkunagaran nindakakên padamêlan, ajung kontrolir babagan siti (Agrarische Zaken), botên dangu mênggahing ebah-ebahan bôngsa, Radèn Mas Arya Suryasuparta kapilih dados pangarsa agêng pakêmpalan Budi Utama.

Dumugi titimôngsa 3 Marêt 1916 anggêntosi kapraboning rama paman, ajêjuluk Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Prabu Prangwadana. Kados makatên asmanipun ingkang ngasta pusaraning praja Mangkunagaran, sadèrèngipun yuswa 40 taun.

Dene sasalajêngipunsalajêngipun. asma Mangkunagara, punika mêndhêt saking têtuladan jumênêngipun Rasul Gusti Kangjêng Nabi Mukhamad, sallahu ngalaihi wasalam, sarêng sampun yuswa 40 taun. Ingkang makatên punika, kacaraning jumênêng Mangkunagara mawi pêpiridan yuswa, wontên pathokanipun saking ka-Islaman.

--- 775 ---

Sajumênêng Dalêm Ngasta Pusaraning Praja

Nalika kêpyakan jumênêngan dalêm, sêsorahipun tuwan residhèn wontên ingkang mungêl suraosipun: ing Mangkunagaran wontên sadhiyan bôndha cêkap, sagêd katanjakakên dados sarana kamajênganing praja lan kawula, miturut karsa lan kayakinan panjênêngan… Punika wontên wangsulan dalêm ingkang mungêl: sasampunipun sataun, benjing kenging dipun tingali.

Pramila sajumênêng dalêm wau lajêng cag-cêg tumandang ing damêl. Ingkang prêlu dipun pèngêti, kados ta:

I. Amêwahi kathahing margi-margi, awit sampun têtela bilih margi punika dados jalaran arjaning praja, anggampilakên lampahing padagangan, nyêlakakên barang têbih. Sampun masthi kemawon lajêng mêwahi kathahing yêyasan krêtêg, sampun malih lèpèn alit-alit botêna dipun krêtêg, cacak bangawan ingkang kêtrajang margi inggih lajêng kadhawuhan andèkèki krêtêg.

Dumugi sapriki margi punika tansah dados panggalihan, bedanipun kalihan panggenan sanès, margi-margi prapatan sarta enggok-enggokan ing kitha Mangkunagaran, pojokipun masthi kakêpras, prêlunipun minôngka panjagi, sampun ngantos anggampilakên tabrakaning oto, tumpakan ing jaman enggal punika. Manawi sacêlaking margi wontên papan maluwa, kadamêl patamanan, amrih amêwahi asri ing sawangan.

II. Tumrap pedahipun têtanèn, dhawuh yasa bêndungan saha wangan pintên-pintên, wadhuk patandhon toya ingkang sagêd ngilèni sabin maèwu-èwu bau.

III. Tumrap priyantun golongan pangrèh praja, kayasakakên griya ingkang têtêp. Dumugi samangke mèh sadaya griya kapanewon (asistèn wadana) waradin yasan nagari.

Angewahi panganggenipun para priyantun, kagalih ingkang sagêd irid saha pasaja, wujudipun dumugi samangke warni tiga:

1. Agêng: udhêng-udhêngan, sikêpan cêpêng burdiran, sabuk cindhe mawi bara, èpèk burdir, bêbêdan (botên dodotan), dhuwungan.

2. Pangangge têngahan, kados ing nginggil, nanging rasukan lan èpèk tanpa burdir, sabuk tanpa bara.

3. Pasowanan padintênan: udhêng-udhêngan, rasukan atelah pêthak (kenging bêskap lurik), dhuwungan, sabukan èpèk limrah, bêbêdan. Ingkang apangkat mantri minggah, kenging mangangge cara Walandi.

IV. Bab pangajaran. Nalika samantên ing bawah praja Mangkunagaran dèrèng wontên pamulangan dhusun, mila sajumênêng dalêm anggalih enggal-enggal nututakên adêgipun pamulangan dhusun, ing salajêngipun bab pangajaran punika botên ngêmungakên dipun saranani yasa pamulangan kemawon, inggih punapa kemawon ingkang nama panggulawênthah dhatêng para lare-lare, kados ta: wontênipun padpindêr, kridha mudha, ulah raga, papan pamaosan.

Kala ing taun 1917 ing Mangkunagaran madêg "Javaansche Padvinders-Organisatie' cêkakanipun J.P.O.

--- 776 ---

Adêging J.P.O. gêsang walagang, dumugining taun 1939 punika anggadhahi pang 27 panggenan, sumêbar ing saindêngipun laladan praja Mangkunagaran, cacahing padpindêr wontên 6000.

Awit saking pambiyantu dalêm Kangjêng Gusti kaping VII, Neutrale Schoolvereeniging kasêmbadan sagêd ngêdêgakên H.I.S. èstri, ing sakawit pamulangan wau manggèn wontên tilas pamulangan siswa, (Suryadiningratan) sangajêng pura Mangkunagaran. Ing sapunika pamulangan wau manggèn wontên ing Slompretan.

[Grafik]

Cakrik griya kapanewon pangrèh praja (asistenan wadana) ing Mangkunagaran.

Kala taun 1912 ing praja Mangkunagaran ngêdêgakên pamulangan dhusun. Ing sakawit namung 18 panggenan. Dumugining taun 1939, cacahing pamulangan kawula (Volksschool) wontên 102, cacahing murid 12.000.

Pamulangan 4e. Holl. Inl. School ingkang limrahipun dipun wastani H.I.S. siswa ing Mangkunagaran, ingkang kala ing taun 1912 manggèn ing griya lami, sarêng ing taun 1920 dipun yasakakên griya piyambak, ingkang wujudipun beda sangêt kalihan H.I.S. sanès-sanèsipun.

Kala ing taun 1920 wau, katingal bilih H.I.S. siswa ingkang namung satunggal wau botên nyêkapi kangge nampèni murid anak-anaking priyantun Mangkunagaran. Ingkang makatên punika Kangjêng Gusti kaping VII lajêng nyuwun palilah dhatêng parentah badhe ngêdêgakên H.I.S. malih wontên ing Wanagiri. Nanging pinanggihipun lajêng parentah piyambak ingkang ngêdêgakên wontên ing Wanagiri wau.

Tumrap lare-lare èstri anaking para priyantun Mangkunagaran, nyarêngi kalihan wontêning H.I.S. siswa kala ing taun 1912, ugi dipun sadhiyani pamulangan kêlas II, nama Siswarini, botên mawi wulangan basa Walandi, lami-lami nuwuhakên pangraos, bilih lare-lare èstri ingkang namung tampi piwulang makatên kemawon, dèrèng nyêkapi. Mila sarêng ing taun 1923 wontên dhawuh dalêm Kangjêng Gusti kaping VII nutup pamulangan Siswarini ingkang dhêdhasar pamulangan kêlas II, lajêng dipun dadosakên Huishoudcursus Siswarini, kanthi ancas suka wulangan lare-lare èstri supados ing têmbe sagêd dados ibu tuwin nyêpêng bale griya ingkang prayogi.

Ing sapunika Huishoudschool Siswarini wau dados Huishoudschool yêktos.

Tumrap para neneman salêbêtipun kitha Mangkunagaran, sampun wajibipun anjêmbarakên sêsêrêpan, apêsipun kêdah nyumêrêpi kawontênaning donya kanthi maos buku-buku, ariwarti, kalawarti tuwin sanès-sanèsipun. Mila kala [ka...]

--- 777 ---

[...la] ing taun 1920 wontên dhawuh dalêm kangjêng gusti ngêdêgakên gêdhong waosan tuwin taman pustaka nama Sanapustaka, adêgipun ajêng-ajêngan kalihan sositit Mangkunagaran.

Ing sacêlakipun panggenan ngriku dipun dêgi gêdhong ulah raga tuwin sportterein, kangge anggêgulang lare supados dados tiyang saras tuwin brêgas.

Kados sampun kathah ingkang sumêrêp bilih praja Mangkunagaran punika kagungan pabrik gêndhis agêng-agêng kalih panggenan. Gêgayutan kalihan wontênipun pabrik gêndhis wau, dipun dêgi pamulangan patukangan (Ambachtsschool) mênggah pigunanipun botên maligi tumrap lare-lare ingkang ing têmbenipun badhe dados punggawanipun pabrik ing ngriku kemawon, ugi kangge kawula sanès-sanèsipun ingkang nêdya dados tukang ingkang pangajaran.

Sintên ingkang badhe ngêdêgakên pamulangan, panjênêngan dalêm kangjêng gusti kaparêng amaringi pasitèn lêlahanan. Mila pinanggihipun ing salêbêting kitha Mangkunagaran kathah pamulanganipun, kados ta: A.M.S. dalah pondhokanipun Chr. Mulo, 1 ste tuwin 2 de H.I.S. gupêrmèn Neutrale Europeesche School, Koningin Wilhelmina School (H.I.S. èstri mawi pondhokan) van Deventerschool, Ch. Huishoudschool, Huishoudschool Aisiah tuwin sanès-sanèsipun.

V. Kajawi punika taksih kathah yêyasan enggal babagan warni-warni, kados ta: ambangun griya pamulangan H.I.S., masjid dalah manaranipun, poliklinik. Têmên sajumênêng dalêm sataun dangunipun, ing Mangkunagaran kathah sêsawangan enggal. Saya sarêng sampun sadasa taun, wujuding yêyasan saya kathah.

Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Prabu Prangwadana, inggih Mangkunagara VII punika, sanajan sampun jumênêng, botên pêdhot anggènipun kaparêng anggalih dhatêng ebah-ebahaning bôngsa. Taksih dados warga Budi Utama, mundhuti andhil pintên-pintên ing pangêcapan Budi Utama saha Mardimulya. Kajawi tumrap pakêmpalan-pakêmpalan ing Mangkunagaran piyambak, ugi kaparêng dados pangayoman (Bechsermher) pakêmpalan sanèsipun, kados ta: wiwitan adêgipun Trikaradarma (panganjuripun Dhoktêr Satiman nalika taksih dados murid dhoktêr) ingkang salajêngipun dados Jong Java samangke Indonesia Moeda. Samangke dados pangayoman O.L. Mij. Bumiputra, pangarsa mulya Java Instituut sapanunggilanipun.

Kamajênganipun para priyantun

Mênggahing padamêlan, sampun mêsthi kemawon kaprabawan katut ratu gustinipun, amargi ingkang jumênêng sapunika enjing sontên lênggah kantoran, botên namung babagan ingkang agêng kemawon ingkang dipun uningani, dalasan dumugi ingkang alit-alitan sajak sapele ugi dipun gatosakên. Sêlanipun ing padamêlan, janji botên sare kemawon mêsthi ngasta waosan, buku, sêrat kabar saha sêrat-sêrat kabar minggon utawi wulanan. Mila ing bab waosan inggih jajah sangêt, isinipun sêrat kabar ingkang prêlu-prêlu kadhawuhan angguntingi. Mila sabên sêrat kabar mandhap saking ngarsa dalêm, juru panggunting ribut anggènipun milihi, pundi

--- 778 ---

ingkang wontên cirenan dalêm corèk potlot abrit utawi biru, lajêng kagunting katèmplèkakên adhapur buku. Trêkadhang guntingan wau mawi ciri kapangingakênkaparingakên. dhatêng sintêna ingkang tumrap ing padamêlanipun, kados ta: bab pamanggih kawruh panggulawênthah enggal, kaparingakên dhatêng guru. Ngaspal margi mawi cara sanès, kaparingakên dhatêng kabupatèn Sindupraja (Rijsopenbare werken). Wontên sawênèhing panggenan nindakakên tatanan pêkên, kaparingakên dhatêng insêpèktur pêkên. Ing Bandhung wontên pasinaon panuntun padpindêr, kaparingakên dhatêng pangrèh agêng padpindêr ing Mangkunagaran. Makatên sapiturutipun.

Nalika jumênêng enggalan, nguningani priyantun botên sagêd cara Walandi, kagalih sampun botên laras kalihan jamanipun, saya malih ospir lesiyun, mila lajêng dhawuh ngawontênakên pasinaon cara Walandi, kaparingan guru kabayar nagari. Wiwit pangkat juru sêrat, ingkang sakintên majêng dhatêng padamêlan, katamtokakên kêdah malêbêt sinau tanpa bayaran - malah tumrap lesiyun, lajêng kawontênakên calon opsir apêsipun wêdalan H.I.S., samangke wêdalan Mulo, mênggahing praktik, kathah ingkang wêdalan A.M.S.

Kanthi lampah kados makatên, sampun tumindak pintên-pintên taun, prasasat tanpa towong, masthi kemawon adamêl kamajênganipun para priyantun Mangkunagaran. Ewadene kabêkta sami ngidaki kalabêndu, punapa jaman kalantara (overgangstijd) mêksa sarwa ewuhaya ing pambudi. Punapa malih kawontênanipun para priyantun punika taksih kathah golongan kina, sarta ingkang golongan mudha inggih wiwit ngêmbrah, pamanggihipun mêksa ngalèr ngidul, punika mratah saindênging nusantara, malah bapa kalihan anak ngantos êcrah. Mila sêsorahing wulan Ramêlan ingkang kapêngkêr, kathah rêmbag ingkang dhapur anggathukakên pamanggih sêpuh kalihan pamanggih neneman. Liripun ingkang nèm sampun sangêt-sangêt pambandhangipun, ingkang sêpuh inggih angêtutna lampahing jaman, sampun ngantos pangling dhatêng anak-anakipun, manawi sagêd têngah-têngah, watakipun rahayu ingkang pinanggih.

Blanjanipun para priyantun sampun katata sae, suda sakêdhik saking tatanan ing gupêrmenan (pranatan pènsiyun ugi sampun têtêp). Nyambut damêl 20 taun sampun gadhah wêwênang pènsiyun 25%, mindhak taun inggih mindhak prêsenanipun dumugi 37½%, namung bab pasadhiyaning rôndha priyantun, sapriki taksih dados panggalihan.

Kamajêngan ing bab sêsorah utawi sarasehan rêmbag, punika ugi tansah dados panggalih dalêm, ing sakawit sabên malêm lowong ing wulan Ramêlan, sampun sawatawis taun punika wêwahan sabên malêm Kêmis Wage (tingalan dalêm ingkang jumênêng), ing pandhapi prangwadanan dipun wontêni sêsorah, dipun jênêngi sampeyan dalêm kangjêng gusti sakalihan kangjêng garwa dalêm, ingkang dipun timbali para abdi dalêm ugi sami sakalihan, ujubipun angwontênakên sêsorah wau: 1. Kulina mirêngakên lan ngraosakên rêmbaging sanès. 2. Ginausinau.

mêdharakên pamanggih wontên ngajênganipun akathah. 3. Supados mindhak sêsêrêpanipun, mawi èmbèl-èmbèl botên susah ajrih lan rikuh, dipun anggêpa punika wontên ing parêpatan limrah.

--- 779 ---

Sajarah Mangkunagaran

Sanajan para maos sampun botên kêkilapan dhatêng sajarah Mangkunagaran, nanging minôngka jangkêpipun, prayogi kaandharakên namung cêkakan kemawon.

I. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara I punika putra Kangjêng Pangeran Arya Mangkunagara ing Kartasura, wayah ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Prabu Amangkurat, ing Kartasura. Kala timuripun asma Radèn Mas Said, ugi lajêng asma Radèn Suryakusuma, apangkat mantri, kaparingan siti lênggah ing Ngawèn. Dununging siti wau ing sapunika nylêmpit wontên ing laladan Ngayogyakarta.

[Grafik]

Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping II.

Nalika Kartasura wontên dahuru, Radèn Mas Said tilar praja anjujug ing tanah Nglaroh. Angsal pambiyantunipun Kyai Tumênggung Kudanawarsa (Kyai Wiradiwôngsa), kaprênah paman dalêm, tuwin Rôngga Panambangan (Sutawijaya) lajêng paprangan ngantos dangu, wêkasan jumênêng Mangkunagara, ingkang misuwur asma: Sambêrnyawa.

Dumugining jumênêng dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VII, ing Selagiri dipun wontêni tugu pêpundhèn, minôngka pèngêtan dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara I.

Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara I, pêputra Kangjêng Pangeran Arya Prabuwijaya I, kapundhut mantu ingkang Sinuhun Pakubuwana III.

II. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara II punika inggih putra Kangjêng Pangeran Arya Prabuwijaya I wau, dados wayah Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara I, asma timur Radèn Mas Slamêt, dados sumilih eyang, amargi rama sampun ngrumiyini seda.

[Grafik]

Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping III.

III.Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara II krama angsal putrinipun Kangjêng Radèn Adipati Sindurêja, pêpatih karaton dalêm ing Surakarta, pêputra putri asma Radèn Ajêng Sayati, krama angsal Kangjêng Pangeran Arya Natakusuma. Pêputra Radèn Mas Sarengat, inggih punika ingkang pawingkingipun jumênêng Mangkunagara III, dados inggih sumilih eyang.

IV. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara III krama angsal putri dalêm ingkang Sunuhun Pakubuwana V, miyos saking Kangjêng Ratu Êmas, asma Kangjêng Ratu Sêkar Kadhaton. Pêputra satunggal seda. Ingkang ibu ugi lajêng seda. Lajêng krama malih angsal rayi nakdhèrèk, putrinipun Kangjêng Pangeran Arya Suryamijaya I. Pêputra Kangjêng Radèn Ayu Mangkunagara IV

--- 780 ---

ing sadèrèngipun ngandharakên kawontênan dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV, prêlu ngandharakên sajarah dalêm rumiyin.

Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya Seda Kali Abu, punika pêputra:

Radèn Mas Tumênggung Arya Kusumadiningrat, bupati Bumigêdhe, katriman putri dalêm ingkang Sinuhun Pakubuwana III asma Radèn Ajêng Sêntul. Pêputra Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya I krama angsal putrinipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara II (asma Radèn Ajêng Kèli).

[Grafik]

Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV.

Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya I pêputra (namung kapêndhêtakên ingkang mancêrakên):

1. Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya II mantu dalêm Ingkang Suhunun Pakubuwana VIII angsal Kangjêng Ratu Bandara. (Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya II punika pêputra: 1. Kangjêng Pangeran Adiwijaya III, 2. Gusti Kangjêng Ratu Pakubuwana IX).

2. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV.

Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV kêgolong sugih putra santana ingkang tumêngkar saha katingal, têrangipun sawatawis, kados ing ngandhap punika:

Nalika taksih asma Radèn Arya Gôndakusuma, krama angsal rayi nakdhèrèk saking ibu, putrinipun Kangjêng Pangeran Arya Surya Mataram, pêputra: 1. Kangjêng Pangeran Adiwijaya IV. 2. Radèn Ayu Tôndhakusuma. 3. Kangjêng Pangeran Arya Gôndasaputra. 4. Kangjêng Pangeran Arya Gôndasiwaya. 5. Kangjêng Pangeran Arya Gôndawijaya. 6. Kangjêng Pangeran Arya Gôndasiswara. 7. Radèn Ayu Tumênggung Arya Surya Côndranagara ing Kudus. 8. Kangjêng Pangeran Arya Gôndaatmaja. 9. Kangjêng Pangeran Arya Gôndasubrata. Garwa lajêng seda.

Sasedaning garwa lajêng kawisudha asma Kangjêng Pangeran Arya Gôndakusuma, pêputra saking ampeyan: 1. Radèn Ayu Suryaputra, 2. Radèn Ayu Suryaudaya, 3. Radèn Mas Adipati Arya Sugônda, bupati ing Pasuruhan.

[Grafik]

Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara V.

Sarêng jumênêng Mangkunagara IV krama angsal putri dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara III, pêputra: 1. Gusti Kangjêng Pangeran Arya Prangwadana V (seda), 2. Gusti Kangjêng Pangeran Arya Prabu Prangwadana VI, ingkang pawingkingipun jumênêng Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara V, 3. Kangjêng Pangeran Arya Andayaningrat, ingkang sasedaning raka, jumênêng Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VI, 4. Kangjêng Pangeran Arya Andayanata, 5. Kangjêng Pangeran Arya Andayakusuma, 6. Bandara Radèn Ayu Prabuwijaya, 7. Gusti Kangjêng Ratu Pakubuwana X, 8. Kangjêng Pangeran Arya Andayasaputra, [Andaya...]

--- 781 ---

[...saputra,] 9. Kangjêng Pangeran Andayakiswara, 10. Kangjêng Pangeran Arya Suryanataningrat, saking ampeyan.

Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV misuwur sugih, ing umpak-umpakaning wartos, gêdhong arta Mangkunagaran ngantos anjêrit, jalaran saking kèbêkan arta. Ing kala jumênêng dalêm punika ngajêngakên kabudidayan kopi, ingkang kala samantên sawêg mumbul-mumbulipun kopi. Makatên ugi kangjêng gusti uninga dhatêng klebating padagangan, sarêng pinanggih suda lajêng nanêm rosan saha ngêdêgakên pabrik gêndhis ing Tasikmadu tuwin Calamadu. Tumrap ajênging praja, sintên ingkang badhe dados narapraja kêdah dados prajurit rumiyin, mangun nagari, kathah yêyasan enggal, ngajêngakên kagunan, kasusastran, gêndhing, yasa ringgit madya. Dumuginipun sapunika asma dalêm tansah kocap.

V. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara V punika putra Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV. Panggalih dalêm lêga lêgawa, asih trêsna dhatêng putra santana tuwin kawula.

[Grafik]

Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VI.

VI. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VI, sumilih raka, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara V.

Jumênêng dalêm kaping VI punika tumraping praja Mangkunagaran nama amanggih pangagêng ingkang wêkêl ing damêl, gêmi nastiti. Ngewahi tatananing pasitèn, ngicali kaborosan.

Dumugining yuswa 61 sèlèh kaprabon, dêdalêm wontên ing Surabaya.

[Grafik]

Para wayah dalêm, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, putra Edeleer Prof. Dr. Radèn Arya Husèn Jayadiningrat.

--- 782 ---

Para Putra Dalêm

[Grafik]

Bandara Radèn Ayu Partini Husèn Jayadiningrat.

Mênggah putra dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara punika, 1. Bandara Radèn Ayu Partini Husèn Jayadiningrat. 2. Bandara Radèn Ayu Partinah Subrata Murdakusuma. 3. Radèn Mas Arya Amijaya Sarosa, A.M.S. ing Batawi. 4. Gusti Bandara Radèn Ajêng Nurul Nasarati Kusumawardani. 5. Radèn Mas Arya Amijaya Santosa, Mulo, jumênêngipun arya nyarêngi tingalan jumênêngan tigang windu punika. 6. Radèn Mas Sanjaya, wontên Neutrale Lagere School. 7. Bandara Radèn Ajêng Partimah, yuswa dèrèng sataun.

[Grafik]

Bandara Radèn Ayu Partinah Subrata Murdakusuma.

[Grafik]

Saking kiwa manêngên, R.M.H. Amijaya Sarosa, G.B.R.Adj. Kusumawardani. R.M.H. Amijaya Santosa.

--- 783 ---

Langêndriya

Botên namung ing bab kaprajan tuwin bab tata ngadating pasrawungan kemawon, sanajan laladaning kagunan, Mangkunagaran punika inggih tansah nanggapi kamajênganing jaman. Dene wujudipun botên namung anggêgêsang, mêmêtri, utawi ambêsut barang ingkang sampun wontên, ugi angudi badhe ngawontênakên ingkang dèrèng wontên. Timbulipun barang enggal wau, wontên ingkang awujud trubusanipun barang lami lan ugi wontên ingkang awujud barang enggal ingkang dèrèng nate wontên.

Jôngka badhe ngawontênakên barang enggal, punika wontên ing laladan Mangkunagaran, wiwitipun katingal grêngsêng kala jaman Mangkunagaran kaping IV.

Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV botên namung dados pangayomaning para ahli kagunan, slira dalêm piyambak inggih pana amumpuni lêlungidaning kagunan tuwin kasusastran. Sêrat-sêrat yasanipun, kadosdene Sêrat Wedhatama, Salokantara, Yogatama, Rêrêpèn lan sapanunggilanipun, ngantos sapriki taksih adamêl cingak sarta sênênging akathah.

Kajawi kasusastran, Kangjêng Gusti IV inggih manggalih sangêt dhatêng kagunan ringgit, yasa ringgit ingkang dados pêpêthan gêgambaraning lêlampahan ing antawisipun jaman purwa kalihan ringgit gêdhog, ingkang lajêng kawastanan ringgit madya. Pandhapukipun kala ing taun 1880. Sanajan ringgit wau botên sagêd sumrambah ing akathah, nanging kenging kangge pasêksèn, yèn jôngka ngupados barang enggal punika pancèn sampun tumanêm wontên ing Mangkunagaran.

Ringgit ingkang sampun sumrambah ing akathah, kadosdene ringgit purwa, gêdhog, golèk, klithik, bèbèr, inggih kados punapa kemawon sae sarta gêsangipun, mêksa inggih namung awujud gambar utawi pêpêthan. Sagêsang-gêsangipun gambar, mêsthi taksih gêsang tiyang. Raos ingkang makatên punika angebahakên panggalih dalêm Kangjêng Gusti kaping IV, lajêng yasa ringgit ingkang dipun awaki tiyang sayêktos. Gêsanging ringgit wacucal lan sapanunggilanipun, namung kaprabawan utawi kawêngku ing manungsa satunggal, inggih punika dhalangipun, sarêng dipun wujudi tiyang sayêktos, tumanjanipun dhatêng mêmanahanipun ingkang ningali langkung lêbêt. Mila wontênipun ringgit wau tumrap kagunan Jawi, nama bêbathèn agêng.

Ringgit tiyang wau sumrambahipun ing akathah langkung gampil awit kajawi nêngsêmakên manah, bokmanawi kemawon inggih margi gampil tulad-tuladanipun, botên kados ringgit madya.

Botên antawis dangu, ringgit kalithik inggih lajêng dipun wujudi tiyang, katêlah nama Langêndriya, inggih sagêd sumrambah ing akathah, nanging mêksa kawon jênbarjêmbar. têbanipun yèn katimbang kalihan ringgit tiyang, bokmanawi margi lêlampahanipun kawon rowa sarta kawon pêpak.

Dumuginipun sapriki, Langêndriya wau taksih dados sêsêkaring kagunan jogèd ing Mangkunagaran, kêrêp kagêbyagakên kapitontonakên dhatêng tiyang akathah. Saya damêl cingaking akathah dene ingkang ngawaki dados ringgit Langêndriya wau tiyang èstri sadaya, ing ngriku lajêng katingal sapintên jêmbaring dêdungkapanipun ingkang yasa ing gêgêbênganing kagunan,

--- 784 ---

ingkang awit adhasar antêp bilih kagunan punika kangge manungsa sadaya, botên ambedakakên jalêr èstri, andhap tuwin inggil.

Nitik wohing kagunan yasan Mangkunagaran, têtela yèn tumanggapipun Mangkunagaran anggènipun abên ajêng kalihan jaman enggal punika atêtalês kajawèn dêlês, sêdyanipun namung badhe mêkarakên sarta anjunjung gêgadhahanipun bôngsa Jawi, kadamêl laras kalihan panêdhaning jaman, tanpa mrusa agêngipun angrembak têtalêsing kajawènipun.

Prakawis kasusastran kagunan sanès-sanèsipun ingkang gêgayutan kalihan jôngka-jangkahing Mangkunagaran, pancèn kathah ingkang prêlu kasumêrêpan ing akathah.

Ing ngriki kula namung badhe ngaturakên srapatan sawatawis ingkang gêgayutan kalihan wontênipun Langêndriyan ing Mangkunagaran.

Langêndriyan punika wujudipun mèh sami kalihan ringgit tiyang, namung kaot anggènipun pocapan mawi kasêkarakên, cariyosipun mêndhêt saking lampahan ringgit kalithik. Ingkang ngadani Langêndriyan wau Kangjêng Gusti kaping IV, kalajêngakên Kangjêng Gusti kaping V, dene ingkang pinatah andhapuk Radèn Mas Arya Tôndhakusuma, putra mantu kaping IV. Sêrat ingkang kanggge pêpakêm, inggih punika sêrat pakêm Môndraswara, yasanipun Radèn Mas Arya Tôndhakusuma wau. Ing kagunan jogèd tuwin gêndhing, Tôndhakusuman punika kenging kawastanan êmpu, kathah lêlabêtanipun ingkang mêwahi sae sarta indhaking kagunan karawitan Jawi.

Bakuning cariyos Langêndriyan wau, nyariyosakên lêlampahanipun Damarwulan anggènipun katula-tula ngantos sagêd dumugi dados ratu ing Majapait, dados garwanipun Dèwi Kancanawungu inggih Ratu Ayu, margi saking katrimah sagêd ambengkas kaliliping nagari, ratu ing Blambangan Prabu Menakjingga.

Sanajan wujudipun beda kalihan sandiwara (tonil), Langêndriyan punika sabotên-botênipun mêksa inggih kalêbêt ing gêgêbênganing kagunan tonil, ingkang acengkok Jawi dêlês, inggih isi sarta tatananipun. Mênggahing pangarangipun, sêrat cariyos kalihan tonil punika, sanajan lajêripun sami, inggih punika nyariyosakên tiyang, kacariyosakên anggènipun nandhang lêlampahan warni-warni, nanging caraning pandhapukipun botên sami. Tiyang ngarang cariyos langkung mardika, warni-warnining lêlampahan kenging dipun rowakakên sarta dipun tapisakên sakajêngipun. Tumrap ngarang tonil botên makatên. Cariyos ing tonil kêdah padhêt (cêkak aos, ngês) nanging wêtah sablêgêr. Ing sêrat cariyos, ingkang ngarang sagêd tumut andhawahakên pêpancasan ingatasing awon saening tindakipun tiyang ingkang dipun cariyosakên, makatên ugi sagêd nyêthak-nyêthakakên wêwatakan lan sêsipataning wayangipun, sarêng ing tonil botên sagêd. Pramila pangarangipun tonil punika bêtah kaprigêlan lan kawaspadan angungkuli ngarang sêrat cariyos.

Manawi maos sêrat pakêm Môndraswara, anggitan Tôndhakusuman wau, botên susah dipun jalèntrèhakên sampun sagêd kraos, yèn ingkang ngarang pancèn prigêl, sagêd madhêtakên cariyos ingkang rowa, lan inggih waspada, dene sagêd [sa...]

--- 785 ---

[...gêd] milihi lêlampahan ingkang prêlu-prêlu. Mila manawi kawaos, ingkang maos sagêd angsal gêgambaran lêlampahanipun Damarwulan ingkang prêlu kawigatosakên ing tiyang, dening awujud gêgambaran isèn sarta mêmanahanipun manungsa ing umumipun.

Lajêring isinipun sandiwara (kajawi sandiwara dhagêlan) punika mêsthi anggambar utawi mujudi drêdah lair tuwin batos, dene bakunipun anggambar drêdahipun awon kalihan pun sae.

Manawi wontên ing cariyos ringgit wacucal utawi ringgit tiyang, anggènipun andhapuk darêdahipun awon kalihan pun sae wau ajêg lêlandhêsan paham kabatosan Jawi ingkang awujud tularan saking paham Indhu, ingkang bakunipun angakêni manungsa punika botên sagêd punapa-punapa, sadaya kemawon kêdah sumarah dhatêng panguwaos gaib, ingkang kasalira ing dewa. Mila wujuding drêdah wau, limrahipun ajêg makatên: pun awon darêdah kalihan pun sae. Pun sae kawon, lajêng lumajêng nêdha pitulunganipun panguwasa gaib sarana tapa, nêgês karsaning dewa lan sapanunggilanipun. Tampi pitulunganing kuwasa gaib, pun sae lajêng kiyat malih, wangsul pêrang kalihan pun awon, ngantos sagêd mênang.

Wontên ing Langêndriyan, pakêm Môndraswara anggènipun anggambar darêdahipun awon kalihan pun sae, sampun kadamêl anjamani, adhêdhasar kamanungsan, adhêdhasar kawontênaning gêsang ingkang nyata. Sadèrèngipun mangkat, Damarwulan sampun darêdah agêng-agêngan, dening ginondhelan Dèwi Anjasmara. Dumuginipun pêrang kalihan Menakjingga, Damarwulan botên alandhêsan sumarah ing dewa, nanging ngêmpakakên kaprigêlaning budinipun inggih punika nyidra asmara Waita Puyêngan, semahipun Urubisma. Anggènipun nyidra asmara cara sapunikanipun namung kangge taktik badhe nyumêrêpi pangapêsaning mêngsahipun. Manawi katandhing kalihan Janaka nalika mêngsah Niwatakawaca, lêlampahanipun Damarwulan punika radi mèmpêr, nanging beda têtalêsipun. Janaka mêjahi Niwatakawaca mawi akanthi Dèwi Supraba, pêparinging dewa. Dados taksih sumendhe dhatêng kuwasaning dewa, sarêng Damarwulan têtêp namung ngangge prigêling kanalaranipun. Sarêng sampun kalampahan sagêd amêjahi Urubisma, wangsulipun dipun begal Layangseta Layangkumitir, ngantos nêmahi pêjah, lajêng kagêsangakên dhatêng bapakipun, Bagawan Tunggulmanik. Ing ngriku Damarwulan têlas manahipun, tekadipun namung badhe wangsul nindakakên cara kina inggih punika mandhita, sumarah ing dewa, nanging lajêng dipun sukani pitêdah kalihan Bagawan Tunggulmanik:

[Kinanthi]

Lah aja mangkono kulup / iku kalèru pangèsthi / witing wong dadi pandhita / mung murih sampurnèng pati / beda lan satriyotama / kudu nganggo lair batin //

ing batin kang kaya wiku / ing lair ulah prajadi / anggayuha kawiryawan / kautamaning dumadi / mangkono para taruna / labête kang uwis-uwis //

Piwulangipun Bagawan Tunggulmanik punika kenging kangge lambaran ngantêbakên bilih Môndraswara punika, ing bab dhêdhasar lampahing agêsang langkung saras,

--- 786 ---

sarta maton, jalaran nitik nyatanipun, gêsanging manungsa punika sami gadhah ayahan piyambak-piyambak, botên kenging namung sami nêngênakên kabatosan, ngantos kasupèn babarpisan dhatêng kalairan. Bab sampurnaning pêjah, lêrêsipun gumantung dhatêng sampurnaning gêsang, jalaran gêsang punika langkung rumiyin tinimbang pêjahipun. Tiyang botên sagêd pêjah sampurna, yèn gêsangipun botên sampurna.

[Grafik]

Kayaparan awak mami, anunggu maling palastra…

Kosokwangsulipun, manawi gêsangipun sampurna, nêtêpi wajibing agêsang, pêjahipun tamtu sampurna. Mila kênthosaning moral ing pakêm Môndraswara punika botên lêpat manawi kawastanan tanpa: saras.

Wondene bab anggènipun andhapuk ubat-ubêting lêlampahan, pakêm Môndraswara punika kalêbêt sae. Sadaya ingkang sêrêng, ingkang sagêd nuwuhakên raos gumrêgêt utawi nyêdhihakên, tamtu dipun pathêt sarana dipun timbangi lêlucon utawi sanèsipun ingkang murugakên antênging manahipun ingkang ningali, dados wêdaling raos ajêg timbang, botên wontên raos awon (sêdhih, ngêrês, sêngit, lan sapanunggilanipun) ingkang nabêt wontên ing manah. Kados upaminipun nalika Damarwulan pêjah dening Bisma, tiyang ingkang ningali mêsthi kamiwêlasên, sêdhih, mêsakakên. Raos makatên wau manawi dipun jor sagêd kêsangêtên anggènipun nrênyuhakên manah, tundonipun nabêt kirang sae, punika lajêng dipun rêsikakên, dipun pulihakên supados sagêd ajêg tajêm, sarana dipun sêlani ing lêluconipun Dayun, inggih punika nalika dipun kèn nêngga kuwandanipun Damarwulan:

[Asmaradana]

Kayaparan awak mami / anunggu maling palastra / githokku pijêr mêngkorog [mêngko...]

--- 787 ---

[...rog] '/ sring tontonên yèn anendra / tyas ingsun tarataban / ko-gèk tangi banjur ngrangkul / hi-hi hi-hi aku gila //

Luconipun lucon sêpuh, botên nuwuhakên gujêng cukakakan, kados lêluconing badhut urakan, nanging sampun cêkap kangge mulihakên raosipun ingkang sami ningali. Sêsêlan ingkang kangge mulihakên raos ingkang kirang prayogi makatên punika, tumrap juru ngarang tonil ingkang sae, pancèn sampun dados kuwajiban, jalaran inggih kados punapa kemawon wujudipun, sêdyanipun kagunan tonil punika sami kalihan kagunan sanès-sanèsipun, inggih punika damêl sênêng sarta rêsiking manah. Tonil karanganipun juru ngarang ingkang misuwur kadosdene Shakespeare, Tagore, Bernard Shaw, Ibsen, Bjornstjerne Bjornson, manawi kawaspadakakên mêsthi inggih wontên pathêtan raos kados makatên punika.

Prakawis pandhapuking lêlampahan pakêm Môndraswara punika, sanajan sakêdhik kalih kêdhik taksih wontên kuciwanipun, nanging sampun botên nguciwani, jalaran anggènipun milih lêlampahan sampun sae, anggènipun madhêtakên sakalangkung prigêl, lampahing cariyos runtut, ubat-ubêting cariyos manut kodrating manungsa.

Sampun kaaturakên ing ngajêng, yèn pakêm Môndraswara punika kalêbêt bangsaning tonil utawi sandiwara. Pangarangipun beda sangêt kalihan cariyos limrah. Rèhning pandhapuking lêlampahan kêdah padhêt (ringkês, mêntês) mila drêdahing lair tuwin batos, sagêdipun katingal sarta sagêdipun tumular dhatêng ingkang ningali, ingkang baku sarana kapitontonakên, botên sarana kacariyosakên. Anggènipun mitontonakên watak, pakèwêding manah, cêkak aos anggènipun mitontonakên manungsanipun botên sarana têmbung utawi cariyos, nanging sarana tindak-tanduk, botên patos mardika, botên sagêd ngêtrêpi kados kawontênaning agêsang, jalaran kacêncang ing jogèd. Nanging sanajan kacêncang ing jogèd, manawi ingkang kaprêlokakên pancèn namung lêlampahanipun, jogèdipun dhawah nomêr kalih, inggih sagêd ngatingalakên sipat wêwatakan sarta mêmanahanipun ingkang dipun pêtha. Prakawis gathukipun jogèd kalihan pakêm Môndraswara, botên badhe kula aturakên, makatên ugi paginêmanipun, gathukipun kalihan sêkar tuwin gêndhingipun, inggih botên kula aturakên, ingkang kula sawang namung kasusastranipun sêrat pakêmpalan Môndraswara gathukipun kalihan kagunan tonil.

Paginêman ing pakêm Môndraswara punika pangarangipun botên mawi ngoyak pêpacakan adi endahing basa, namung awujud wêdharaning raosing mêmanahanipun tiyang ingingkang. kangge lêlampahan, mila wujudipun cêkak aos mêntês padhêt, satunggal-satunggaling têmbung botên èdipèni nanging sae, kathah isinipun, trêp kalihan raosing tiyang ingkang karinggitakên.

Nalika Damarwulan sampun têlas pangajêng-ajêngipun, botên kadugi ngayoni Menakjingga, sarta lajêng dipun isin-isin kalihan Menakjingga, bedaning raosipun Menakjingga kalihan Damarwulan katingal cêtha wontên ing têtêmbunganipun, sanajana [sana...]

--- 788 ---

[...jana] laguning sêkaripun sami. Anggambar wêdharing raos ingkang kosokwangsul, nunggil wêkdal, nunggil lagu, punika manawi pangarangipun kirang trampil, botên purun ngênut raosing manahipun ingkang dipun wayangakên, dadosipun mêsthi cawuh, kosèk, grêgêtên kalihan wêlas awor, tumanjanipun dhatêng ingkang mirêngakên buthêk. Ingkang ngarang pakêm Môndraswara têrang yèn nunggil raos kalihan ingkang dipun wayangakên, mila raos ingkang kawêdhar ing paginêman sagêd pilah, cêtha, trêp kalihan satunggal-satunggaling wayang.

(Damarwulan):

[Asmaradana]

Anjasmara ari mami / mas mirah kulaka warta / dasihmu tumêkèng layon / anèng kutha Prabalingga / aprang lan Urubisma / karia mukti wong ayu / pun kakang pamit palastra //

wus bêjane awak mami / tan tulus mangèstutyèng dyah / wong agêmbèng wong acingèng / aja gawe wirang Bisma / mara ge patènana (Menakjingga) / eman-eman wong abagus / yèn kongsi nêmahi lena //

iba dukane narpati / Ratu Ayu Majalêngka / yèn sira tumêkèng layon / benjang yèn ingsun kapanggya / paran atur manira / wajibe ingsun katêmpuh / apa pêpulihing dosa //

sira sun anggêp narpati / prabu kênya Majalêngka / ngunggah-unggahi maringong / têka-têka banjubanjur. nendra / nêcêgi gigir ingwang / lah iki paduka kukur / gatêle saya angrêbda //

(Damarwulan):

aja sira andalêming / lah age sira malêsa / aja anggêp lanang dhewe / (Menakjingga): [(...]

--- 789 ---

[...Menakjingga):] ingsun tan sumêdya lawan / apa sakarsanira / Damarwulan ingsun nurut / paran kang dadi karsanta //

tutugna gonmu nyuduki / nanging aja nyuduk mata / sêpêt esuk-esukane / ya nang ya nang wong jênthara / bêcik sira nungkula / sun angkat dadi tumênggung / sun ugung sakarsanira //

tan kêna ginawe bêcik / Si Trayoli Damarwulan / wani nyuduk mataningong / samêngko karasèng asta / dèn prayitnèng ngayuda / katiban gêgaman ingsun / kunta pêdhang Sokayana //

Pêthikan punika katingal sangêt angluh anglêsipun Damarwulan tuwin cênthulanipun Menakjingga anggènipun mêjanani mêngsahipun. Têlasing kasabaranipun Menakjingga ngêgèt: tan kêna ginawe bêcik…, trêp kalihan anggènipun dipun suduk mripatipun, makatên punika têtêp gêsang, kaya iya-iyaa sayêktos.

Panutuping cariyos inggih punika kapanggihipun Damarwulan kalihan Ratu Ayu, têmbungipun Ratu Ayu dhatêng Anjasmara, cêg dhêl, ngêwrat pathi kaantêpanipun putri kina, anggènipun nrimah manawi dipun wayuh sarta anggènipun ngakêni anggènipun dados êmbok ênèm, sanajan pangkatipun langkung inggil kalihan êmbok sêpuh.

[Sinom]

Adhuh yayi Anjasmara / aywa sumêlang ing ati / môngsa nora kalakona / ubayaningsun ing nguni / pasthi sun lêksanani / angganjar marang bojomu / môngsa ingsun cidraa / apadene yayi dèwi / gonmu masrahakên bojo marang ingwang //

bangêt panrima manira / srahira ingsun tampani / sarta rênaning wardaya / sumurupa sira yayi / ingsun namung anêmpil / mring sira ciptaning kalbu / tan pisan yèn kêthaha / amung ngluwari punagi / kapinujon yayi sira suka lila //

ayo padha linaksanan / sira ingsun ajak mukti / wibawaning Majalêngka / saubaya pati urip / dene wak ingsun yayi / jakkên ngladèni bojomu /…

Sêrat pakêm Môndraswara, pandhapuk sarta ikêtaning ukaranipun, pancèn nêngsêmakên saya manawi anggènipun nindakakên sagêd trêp kalihan raosing têtiyanganipun ing cariyos wau, mêsthi saya angedab-edabi.

--- 790 ---

Pèngêtan Tigang Windu

Garèng: Wèh, bok aja kaya praoto, ma. Ora-orane nèk ora komanan.

Sêmar: Kowe aja sêmbrana, Rèng, iki prakara prêlu.

Garèng: Bênêr prakara prêlu, nanging rak iya patute, ma. Mênyanga ing Jabalkat pisan, wong arêp sowan mênyang pura ing Mangkunagaran kuwi, lakune mêsthi nganggo ditata, ora kêna nunjang-nunjang kaya manolan ngoyak gawan.

Sêmar: Aja banyak bicarah, Rèng. Mupung durung kêbanjur mlêbu regol, kowe karo Petruk takjanji dhisik, aja nganti gawe wirange wong tuwa. Kowe kêna têrus mèlu aku, nanging nganggo taklèk janji dalêm, lamun ora anggugua, lamun ora angèstokêne, lamun ...

Garèng: ... ora ngomahana, pitung sasi dharat, sataun lautan, yèn ana tan trimane bok pangantèn ...

Petruk: Iyah, apa munggah ijab apa kapriye.

Sêmar: Hla iya kuwi nèk kangmasmu Garèng, wong tuwa arêp omong prêlu, malah dianggo mainan.

Garèng: Mainan kêpriye, ta, ma. Aku iki rak mung sadrêma ngomplitake janjimu kuwi, ta. Hla wong ming arêp andhèrèk ngêmum ropyan-ropyan bae, nganggo ditibani janji dalêm dhisik.

Sêmar: Apa pêthèkku, durung-durung wis morsêkoti wirang.

[Grafik]

Garèng: Mulane, ma, gunêman karo wong ênom kuwi bêcik sing barès kurès jarwa sota. Arêp mêling ngono bae, aja nganggo nibani janji dalêm barang. Wis, kandhakna, kapriye janjine, waton ora nganggo tuslah ... dalêm. Mêngko nèk sakira kapenak, tak èstokne sing nganti èstu bangêt kae. Nèk rêkasa, wallahu alam, lakonanana dhewe, ma.

Sêmar: Pancèn nyata têmênan layang katurangganing manungsa kae. Cithakaning awakmu kuwi pancèn wis digaris kalêbu jinise wong ngrèngkèl. Arêp dikandhani prêlu-prêlu, dingrèngkèli. Omong prakara kaalusan, dingrèngkèli. E, ajaa eling-eling [e...]

--- 791 ---

[...ling-eling]

ngono, wis takpursêtèlake supaya dibênum mênyang ... Wis, wis, ora sida, mêngko ora wurung iya mundhak kok ngrèngkèli. Taktêrusne janjiku mau. Wêruha, olèhku arêp sowan mênyang jêro gêdhe iki, aja kok kira arêp nonton rêsèpsi, arêp golèk cipratan sampahnyê utawa golèk colotan srutu karêl in, ora Rèng, ora babar pisan.

Garèng: Hla arêp luru apa, ma.

Sêmar: Arêp sowan tirakatan.

Garèng: Êlo, kyaine iki kapriye, ta. Saiki jêro gêdhe rak lagi ana pista kabungahan têlung windon, ma. Lumrahe lan iya patut-patute, nèk yubiliyum-yubiliyuman kuwi, rak iya mêsthi ropyan-ropyan, apêse kêndhurèn. Hla apa kêtêmu nalar, nèk aku kok janji kudu tirakatan kuwi, ma.

Sêmar: Kowe arêp andhèrèk sênêng-sênêng iya kêna, nanging kudu kok barêngi andhèrèk tirakat.

Garèng: Sênêng-sênêng karo tirakatan, kuwi padhane banyu karo lênga sêtroli, nganti têkan kiyamat kobra ora bisa campur. Sênêng-sênêng kuwi maknane bukak ati bungah-bungah. Dene tirakat kuwi nak-sanake prihatin. Hara, ma, apa bisa campur.

Sêmar: Prakara bisa campur apa ora, aku ora prêduli. Cêkak aos bae, kowe kudu andhèrèk prihatin.

Garèng: Kalah sêparo aku. Aku kok arani ngrèngkèl, kowe dhewe malah ngrèngkèl tuwa ... ambrêngkêlo.

Petruk: Mêngko dhisik, Kang Garèng. Kandhamu karo kandhane kyaine, bisa uga padha bênêre. Ketoke kaya cêngkah utawa sulaya, nanging sulayane kuwi cara ngèlmune logikah ngono mung: ketoke kaya sulaya, nèk cara pintêr-pintêran ditêmbungake subcontraire tegenstelling utawa schijncontrast kae. Nèk aku Kang Garèng, yubiliyum-yubiliyuman kuwi, mungguh alaku dagang ngono padhane nèk kêbênêr tutup buku kae, sing prêlu dina mau kudu gawe petungan tuna bathine. Tumrap lêlakone wong urip, sing dietung ora mêsthi dhuwite, nanging olèh-olèhane anggone urip kuwi. Upamane kowe mèngêti anggonmu dadi klèrêk kantor poswis 10 taun. Kowe kudu etung-etungan karo awakmu dhewe. Olèhmu urip nyambutgawe kêjungkêl-jungkêl sapuluh taun kuwi, olèh kaundhakan apa, bandhamu mundhak sapira, pangkatmu mundhak pirang grad, mêngkono sabanjure. Upamane tinêmu olèh kaundhakan, cêkake uripmu ketok tumônja, kowe kudu bungah-bungah + prihatin. Nêk ora olèh apa-apa, utawa malah mangkêrêd bangêt kae, kowe kudu prihatin + bungah-bungah.

Garèng: Wèh, kok rada ewuh olèhku ngrasakake. Olèh bathi, kudu bungah + prihatin. Tuna, kudu prihatin + bungah. Dadi gênahe, êmbuh bathi êmbuh tuna, anggêr pinuju tutup buku mau kudu bungah + prihatin. Kaya ngono kuwi wis gênah ora muk ayaning akèh. Sing lumrah, anggêr oleh-olehan [oleh-oleh...]

--- 792 ---

[...an] mêsthi bungah, tanpa prihatin. Nèk ora olèh-olehan mêsthi prihatin, sondêr bungah. Malah sing wis lumrah, sanajana uripe ora tumônja, ora olèh kaundhakan apa-apa utawa ambalêdhês bangêt kae, anggêr yubiliyuman iya bungah-bungah kiyah-kiyah. Nèk ora bisa wêdhusan, iya cêmpèn, ora kuwat cêmpèn iya pitikan, nèk pitikan bae wis ora bisa, iya mêksa ... êndhog-êndhogan, nèk wis katog iya trima sêga abang + uyah + banyu.

Petruk: Tumrap mèngêti lêlakoning ngaurip, cara kaya ngono kuwi iya kêna-kêna bae, nanging tanpa têgês, mung waton wani yubiliyuman. Sing mikolèhi, anggêr pinuju yubiliyuman kudu bungah + prihatin, ora kêna mung bungah thok utawa prihatin thok. Nèk ora olèh-olehan, udu prihatin, dene ambêbècèr urip, ora olèh apa-apa. Nanging ing nalika iku uga kudu bungah, dene isih pinarêngake urip, têgêse isih bisa duwe pangarêp-arêp olèh kaundhakan. Saiki nèk uripe tumônja, bisa bathi akèh, iya kudu bungah, dene wis olèh bathi. Nanging ing nalika iku uga kudu prihatin, supaya lêlakon sing bakal dilakoni bisa ngêtokake woh manèh, aja nganti ming popog bae utawa malah mungkrêd mêngkêrêd mêndêlêp.

Sêmar: Hla iya ngono kuwi karêpku. Sajroning andhèrèk bungah-bungah, kudu andhèrèk prihatin.

Garèng: Iya, ma, aku wis ngrêti. Nanging tumrap têlung windon iki, bungahe kudu sing gêdhêm bangêt kae, prihatine sajimpit bae wis cukup. Sabab anjupuk tata laire, sajroning têlung windu iki, Mangkunagaran, ... boleh dhibanggakan, ma. Yêyasan-yêyasan sing murakabi wong akèh, mundhak akèh bangêt. Karaharjan lan bêciking praja, tata têntrêming kawula, kapintêran lan kabatinane kawula, mundhak akèh sing nganti ketok bangêt kae. Mulane sajrone yubiliyuman iki, olèhku andhèrèk bungah iya kudu mucuk bangêt kae. Prihatine kêna diwahgèl bae.

Petruk: Manut nalare, bungah karo prihatine ajêg timbang. Nèk bungahe 1000 dhacin, prihatine iya 1000 dhacin. Jalaran, nèk bathine akèh, olèhe prihatin, supaya aja nganti suda, aja nganti mungkrêd, iya saya gêdhe.

Sêmar: Wis ayo rikat, mundhak ora olèh ênggon. Mêngko nèk wis têkan kana, aja padha lali, ngêmèlake donga sabisa-bisane.

Garèng: Iya, ma. Mêngko tak amêmuji cara Sangsêkrit -sarwe apisukhinah santu, sarwe santu niramayah, sarwe bhadranipasyantu makaschit dukkha blagbawet.

Petruk: Mêngko dongaku pêrtalane dongane Kang Garèng bae. - Mugi-mugi kula sami pinarêngan bêgja, sami pinarêngna sêpên ing kasusahan, pinarêngna sami tata têntrêm, lêpat ing kasangsaraning ngagêsang.

Sêmar: Iya, kêna. Aku trima cara Jawa bae. -Mugi-mugi Gusti Kang Maha Agung, angrêntahakên sih barkah wilujêng dhatêng ingkang ngrênggani Pura Mangkunagaran, sumarambah dhatêng kawula sadaya, amin, amin, kabula.

--- 0 ---

Panji Narawôngsa

Têtêdhakan saking buku sêratan tangan ingkang sumimpên wontên ing gêdhong musium Batawi.

Cêkakaning cariyos:

Samurcanipun Dèwi Côndrakirana, ing Jênggala wontên tiyang èstri dhatêng, ngakên Dèwi Côndrakirana. Warninipun awon, awit kenging sêsikuning dewa. Radèn Panji katingal wêlas dhatêng Côndrakirana tiron wau. Sang prabu ugi sakalangkung bingah, dene ingkang putra Radèn Panji têtêp trêsna dhatêng Dèwi Sêkartaji, sanajan warninipun malih awon. Saking karsanipun sang prabu, panggihipun ingkang putra wau badhe dipun wiwaha malih agêng-agêngan. Ki patih kadhawuhan mirantos.

Kocap Dèwi Côndrakirana ingkang murca saking kadhaton, awit saking karsaning dewa badhe kangge lampahan. Samangke wontên ing wana nandhang sungkawa. Hyang Narada tumurun. Dèwi Côndrakirana dipun dadosakên jalêr, nama Kuda Narawôngsa. Sarta dipun jatèni bilih ing Jênggala wontên tiyang èstri ingkang ngakên-akên Côndrakirana. Kuda Narawôngsa dipun dhawuhi suwita dhatêng Jênggala, bidhal, katampi pangawulanipun. Badhe kadadosakên patah.

Sang Panji sakalangkung asih dhatêng Narawôngsa, malah ingangkên kadang. Kuda Narawôngsa tansah anacad dhatêng Dèwi Côndrakirana tiron. Ewadene Sang Panji mêksa taksih asih kemawon dhatêng Sêkartaji tiron, ngantos kalampahan dipun dhaupakên malih. Kuda Narawôngsa saya sangêt anggènipun mêmoyok. Lami-lami Kuda Narawôngsa badhe kêwiyak wêwadosipun, yèn sajatosipun Dèwi Côndrakirana. Mila lajêng nglugas ranaraga. badhe kondur dhatêng Kadhiri. Mawi tilar sêrat dhatêng Radèn Panji. Radèn Panji sarêng maos sêratipun Dèwi Côndrakirana sajati, sakalangkung ngungun, lajêng dhawuh dhatêng kadeyan kapurih nyirnakakên Dèwi Côndrakirana tiron. Dèwi Côndrakirana tiron lajêng dipun sêndhal mayang dhatêng Bathari Durga, kawangsulakên dhatêng asalipun.

Radèn Panji oncat saking praja, nusup-nusup wana, pados margining pêjah, botên karsa nusul ingkang garwa dhatêng Kadhiri. Wontên ing wana Radèn Panji kêpapag banthèng agêng, lajêng dipun pêjahi. Banthèng babar dados tiyang, nama Kuda Bêbangah, anakipun Bagawan Sukarti. Radèn Panji sowan Bagawan Sukarti dipun wulang sakathahing ngèlmu, sarta dipun dhawuhi namurkula, ngawula dhatêng ingkang paman ing Ngurawan, awit Sang Prabu Ngurawan samangke kadhatêngan mêngsah saking sabrang nama Kalana Sewandana. Punika ingkang anjalari sagêd kapanggih malih kalihan Dèwi Côndrakirana. Radèn Panji mituhu, lajêng bidhal.

Kacariyos Dèwi Côndrakirana, sawêdalipun saking kêdhaton Jênggala badhe kondur dhatêng Kadhiri, wontên ing wana, kêpapag punggawa sabrang nama Tumênggung Sumbanggita. Sang dèwi dipun takèni ngakên nama: Citralangên, dipun boyong manut kemawon. Badhe dipun aturakên dhatêng Kalana Sewandana.

Kacariyos sang prabu ing Ngurawan utusan kiyai patih pados sraya ingkang sagêd nyirnakakên mêngsah saking sabrang, ki patih lajêng bidhal. Wontên ing margi kêpanggih kalihan Ki Undhakan Madurêtna (Radèn Panji), dipun sraya sagah, lajêng dipun aturakên dhatêng sang prabu. Sang prabu sakalangkung bingah, Madurêtna dipun paringi nama Tumênggung Cakranagara. Sarta dipun dadosakên senapati. Wadya Ngurawan lajêng campuh kalihan wadya sabrang.

Ing wanci dalu, Tumênggung Cakranagara lumêbêt dhatêng pasanggrahan sabrang, badhe nguningani tata rakitipun, ing ngriku kêpanggih Dèwi Côndrakirana inggih Citralangên, lajêng dipun bêkta kondur. Klana Sewandana sangêt dukanipun, mangsah prang, wusana nêmahi tiwas. Wadya sabrang sakantunipun ingkang pêjah sami wangsul dhatêng nagarinipun.

Sang Prabu Ngurawan sakalangkung suka ing galih. Mêngsahipun sirna tur sagêd kapanggih putra. Radèn Panji sakalihan garwa lajêng kondur dhatêng Jênggala.

Sami-sami cariyos Panji mawi sêkar, sêrat Panji Narawôngsa punika kalêbêt ingkang nêngsêmakên piyambak, rêginipun f 0,70.

Wêdalan -Bale Pustaka- Batawi Sèntrêm.

--- 0 ---

[Iklan]