Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1939-03, #1668

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1939, #1668
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1939-01, #1668. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1521.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1939-02, #1668. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1520.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1939-03, #1668 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1519.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1939-06, #1668. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1518.

--- 305 ---

Ôngka 20, Ju Wa, 19 Sura, Je 1870, 10 Marêt 1939, Taun XIV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Slasa lan Jumuwah

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt - Dhêdhasar Trajangipun I. S. Pius XII - Jagat punika Kêbak Êmas - Tanêman Jagung - Kawontênan Sajawining Praja - Pangagêng ing Giyanyar - Andhèrèkakên Layon Dalêm - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita - Taman Bocah.

Pangungsêt

Alusing bêbudèn.

Ing bab alusing bêbudèn, punika minôngka sambêtipun kajênging ngèlmu kabatosan ing ngajêng.

Alusing bêbudèn wau, manawi dèrèng dipun raosakên lêbêt, malah sajak namung katingal wadhèh, awit sintêna kemawon, tiyang sampun mangrêtos dhatêng ingkang dipun wastani bêbudèn ingkang alus. Tuwuhing panyuraos ingkang kados makatên wau, manawi purun ngraosakên saèstu, pokipun tamtu lajêng kêpanggih, jalaran saking rumaos gadhah panganggêp bilih sampun kêdunungan wiji ngèlmu ingkang dipun ajêngi yêktos, nanging saupami dipun wastani saening ngèlmunipun wau dèrèng dados, tamtu kipa-kipa. Malah purun amastani dhatêng lêpating sanès gêntos. Dene sajatosipun, sami lêpatipun, awit sami kêgambar dèrèng alus bêbudènipun. Tandhanipun dèrèng alus, tiyang anggadhahi ngèlmu dipun wada kemawon têka muring-muring, lajêng dadosing ngèlmunipun benjing punapa. Makatên ugi anggènipun cawe-cawe punika inggih prêlu punapa. Wosipun sadaya wau sami golongan dèrèng alus ing bêbudèn.

Nanging sajatosipun anggambarakên alusing bêbudèn ingkang makatên punika, wontên raosipun ragi kinggilên. Mila prayogi dipun andhapakên malih.

Wêwatonipun tiyang ngudi ngèlmi kabatosan, punika kêdah ngalusakên bêbudèn, cêthanipun, sajatosipun tiyang punika lôngka sangêt ingkang kêdunungan alus ing budi, jalaran saking anggènipun kêsugihên prabot kamurkan, kamurkanipun namung badhe akajêng: wah, piyambak, upami sumêrêp tiyang manggih kabêgjan, lajêng nacad kemawon: Lo, môngka dhèwèke kuwi wong bodho. Manawi sumêrêp tiyang sugih, lajêng mungêl: sugiha kae cêthil. Manawi sumêrêp tiyang ayu (yèn jalêr), kêdhèpipun lajêng awis-awis. Mirêng tôngga plongkang-plongkong, manawi botên kadugi ngemutakên, inggih mungêl piyambakan lirih: Wong ora wêruh tata. Tuwin sapanunggilanipun. Môngka sawarnining kamurkan ingkang kados makatên wau, manawi purun mangrêtos, nama satunggiling pêpêtêng. Pêtêng ingkang kados makatên wau inggih anggêpok dhatêng bab alusing bêbudèn.

Môngka saupami pakulinaning kamurkan wau dipun icali, wontên ingkang dados sarananipun, punapa, alusing bêbudèn.

Punapa botên nyata alusing bêbudèn punika tansah dados ancik-anciking ngudi kabatosan.

Cêkruktruna.

--- 306 ---

Dhêdhasar Trajangipun I.S. Pius XII

Tanggal kaping 12 wulan punika, I.M. Kardhinal Pacelli kakêpyakakên têtêp jumênêng Paus, ajêjuluk Pius XII. Praja ing pundi-pundi - kajawi Jerman sakancanipun - sami mangayubagya sarta mêmuji, mugi-mugi jumênêngipun I.S. Pius XII punika sagêd suka panjurung daya kabatosan dhatêng praja-praja ing salumahing jagat, amrih sagêd saekapraya ngèsthi katêntrêman tuwin karaharjan, adhêdhasar rukun pasadherekan.

[Grafik]

Nenemanipun Kardhinal Pacelli.

Nitik wiraosing tilgram-tilgram pangayubagya saking môncapraja, têrang sangêt bilih praja ing pundi-pundi, kajawi praja ingkang gadhah idham-idhaman nyahak wêwênanging tôngga, pancèn sami bêtah dhatêng wontênipun panguwaos kabatosan ingkang sagêd ambangun tata têntrêm sarta raharjaning jagat.

Tiyang ingkang badhe nyêpêng kêmudhining paprentahan, inggih tumrap praja tuwin pakêmpalan, sadèrèngipun tumapaking damêl, mêsthi sampun gadhah cêngkoronganing lampah tuwin ancêr-ancêr ingkang badhe linampahan. Makatên ugi I.S. Pius XII, ingkang dados pandêngan sarta pangèning tiyang mayuta-yuta, sumêbar ing salumahing jagat tuwin dados kawulaning praja ingkang beda-beda corakipun, wiwit tumapak ngasta kêmudhining pasamuwan, tumuntên mahyakakên antêp ancêr-ancêring lampahipun ingkang tumuju dhatêng panguwaos-panguwaos ing donya, kanthi dhadhag tanpa tèdhèng aling-aling.

Sêsorahipun wontên ing radhio ingkang kawitan, nglairakên gôntha-ganthaning lampahipun, ingkang tumuju dhatêng tata têntrêming manungsa sadaya, sarta anggênahakên yèn lampah trajangipun namung badhe andumugèkakên jangkahipun swarga I.S. Pius XI, sanajana kathah praja ingkang badhe mêmalangi tuwin makèwêdi. Ing sawênèhing praja tanah Eropah tuwin ing Asiah, wontên ingkang anggêgêgi pamanggih adhêdhasar badhe gêsang piyambak, ambrêgundung mastani yèn katêntrêmaning jagat punika sagêdipun maujud namung dipun sranani ing mriyêm tuwin bom. Praja-praja wau inggih gadhah antêp andewa dhatêng praja, liripun ingkang Maha Kuwaos sangêt punika nomêr satunggal praja, sarta inggih angugêmi yèn agênging lêngên punika ngungkuli wêwênang, cêkak aosipun ingkang nomêr satunggal namung: panguwaos ingkang dhêdhasar agênging lêngên. Dene tata têntrêm ingkang dados pandênganipun I.S. Pius XII, tata raharjaning manungsa sadaya, tata têntrêming jagat, ingkang adhêdhasar sarta sarana kaadilan ingkang sajati, kados ingkang kasarira ing sipating Pangeran.

--- 307 ---

Badhe trajangipun I.S. Pius XII anggènipun ngèsthi tata têntrêming jagat, kadadosakên paugêraning ngêmbat lampahipun pasamuwan ing salêbêting jaman angkara murka punika. Ancêr-ancêring lampah sarta tujunipun, karingkês kagêm têtêngêr wontên ing wapênipun, asuraos: tata têntrêm asarana kaadilan.

Katêntrêman sarta karaharjan punika pancèn dados idham-idhamaning manungsa sadaya. Pramila jangkanipun Kangjêng I.S. Pius XII punika têtêp namung anjêjêgakên adêging agami tuwin mujudakên pangajêng-ajêngipun tiyang gêsang. Mugi-mugi jangkanipun sagêd kadumugèn, ing donya kalampahan têntrêm, para ambêg murka pinaringana èngêt, mangrêtos dhatêng kamanungsan lan kaadilan.

Jagat punika Kêbak Êmas

Saking pangintênipun para sagêd, jagat punika nalika dumadosipun awarni gas bêntèr, saya dangu saya asrêp. Ingkang asrêp rumiyin perangan jawi, lajêng atos ngulit dados bumi. Êmas punika langkung awrat tinimbang siti utawi sela. Nalika lapisan bumi taksih cuwèr, mas mênêb mangandhap. Upami êmas punika wontên ing ngandhap bumi botên lajêng luluh campur kalihan toya, sarta botên lajêng minggah dados tuk, ing jagat botên badhe wontên êmas.

Toya ing ngandhap bumi bêntèr sangêt, ngêwrat jasad ingkang nama kiezelzuur. Êmas luluh pupul kalihan kiezelzuur, katut mêdal dhatêng ing jawi. Wontên ing jawi, kathah ingkang pisah kalihan kiezelzuur, krakêt wontên ing sela-sela utawi wontên ing pêlikan sanèsipun. Milanipun sela pêlikan ingkang ngêwrat êmas punika êmasipun lêlapisan kados grènjèng utawi kados sisik. Sela ing lapisan bumi ing nginggil, ingkang ngêwrat êmas, margi saking dayanipun bêntèr lan asrêp utawi margi kagosok ing toya, lajêng sami gripis. Êmasipun wontên ingkang thèthèl, katut ilining toya utawi campur kalihan wêdhi. Mila inggih lajêng kathah lèpèn ingkang wontên êmasipun ure (ing Borneo l.s.p.).

Toya lèpèn wutah dhatêng sagantên. Wontên ing sagantên êmas punika kathah ingkang luluh campur kalihan jasad sarêm tuwin jasad kêcutan. Dados toya sagantên punika ngêwrat êmas. Miturut pêpetangan sarta panitipriksanipun Sherry Hunt, toya sagantên 1000 kg êmasipun 32-60 mg. Dados manawi badhe pados êmas 1 kg toyanipun sagantên ± 30.000.000 kg. Miturut petangan, toya sagantên sajagat punika, êmasipun pangaos f 3.000.000.000.000.000.

Ing taun 1905 Sir William Ramsay ahli ngèlmu pamisah ing Inggris, ngêdêgakên maskape badhe mêndhêt êmas saking toya sagantên. Dumugi sapriki dèrèng wontên ingkang sagêd kalampahan milah êmas saking toya sagantên. Têmbe wingking mêsthi wontên ingkang sagêd.

--- 308 ---

Bab Tanêman

Tanêman Jagung

Sambêtipun Kajawèn nomêr 11

4 Sêpuh saèstu. Wijinipun garing sarta atos. Witipun sampun pêjah babar pisan, klobotipun garing lan gampil suwèkipun. Jagung ingkang sêpuh saèstu dipun pe satunggal utawi kalih dintên kemawon sampun cêkap.

Mênggah pangundhuhipun jagung punika gumantung dhatêng kabêtahanipun, dados wontên ingkang ngundhuh kados nomêr 1, 2, 3, utawi 4. Yèn anggènipun ngundhuh sampun sêpuh, jagung wau dipun pe lajêng dipun gèdhèngi utawi dipun bêlahi, tumuntên dipun dèkèk ing panggenan ingkang garing, langkung sae dipun tarang, supados botên kenging ama bubuk, punapa malih jagung ingkang kangge bibit kêdah dipun tarang. Yèn jagung punika badhe kasimpên ontongan kêdah dipun dèkèk ing panggenan ingkang tansah padhang. Sawanci-wanci pocelan punika dipun dalakên.

Sêsakitipun jagung.

Mênggah sêsakitipun jagung punika ingkang adhakan sakit liyêr. Dene ingkang murugakên punika bangsaning tayum. Titikanipun jagung ingkang kacandhak liyêr punika, tumrapipun godhong ingkang sampun sêpuh pating jlarèt jêne, yèn godhong ingkang taksih ênèm sêmu pêthak. Witipun nglayung botên purun agêng, dangu-dangu pêjah. Sêsakit liyêr punika nular, jampinipun dèrèng pinanggih, kajawi namung sarana witipun dipun bêdhol lajêng kapêndhêm utawi dipun bêsmi.

Amanipun jagung.

Amanipun jagung kabedakakên dados sakawan, inggih punika ingkang ngrisak oyod, wit, godhong tuwin ingkang ngrisak wohipun.

Ingkang ngrisak oyoding wit jagung punika kewan bangsanipun uthi-uthi. Ingkang ngrisak witing jagung punika ulêr. Wit ingkang dipun bolongi ulêr punika, katawisipun godhong ing pucuk alum, witipun rêbah lajêng pêjah. Wit ingkang rêbah punika kêdah enggal-enggal dipun bêdhol, manawi kapanggih ulêripun kêdah tumuntên dipun pêjahi.

Ingkang ngrisak godhong inggih bangsaning ulêr, godhongipun inggih lajêng katingal sami bolong-bolong, jalaran dipun têdhani ulêr wau. Milanipun manawi mrangguli ulêr ing godhong jagung kêdah lajêng dipun pêjahi.

Nanging limrahipun tiyang tani, ama ingkang kasêbut nginggil punika botên patos dipun paèlu, dene ingkang dipun gatosakên tuwin dipun jagi saèstu punika ama ingkang ngrisak wohipun. Ama ingkang ngrisak wohipun inggih punika:

1. Ulêr. Wujudipun jagung ingkang ulêrên punika janggêlipun sami krowak cêmêng, ing panggenan ingkang [ing...]

--- 309 ---

[...kang] krowak wau botên wontên wijinipun. Katawisipun yèn jagung punika ulêrên manawi sampun dipun bucal klobotipun, ingkang limrah ing ngriku taksih wontên ulêripun. Yèn jagung punika dèrèng dipun bucal klobotipun, botên katawis manawi jagung wau ulêrên.

[Iklan]

2. Pêksi gagak. Gagak punika purunipun nêdha jagung nalika jagung taksih ênèm, panêdhanipun ing wanci siyang, dipun têdha ngênggèn utawi dipun bêkta kesah, manawi gagakipun kathah inggih ngrisakakên. Pramila ing wanci siyang kêdah dipun tênggani sarana ambêkta plinthêng utawi kênthongan, langkung sae malih ambêkta mrêcon ingkang alit. Samôngsa tanêmanipun dipun têba gagak, lajêng dipun plinthêng utawi dipun kênthongi, manawi ambêkta mêrcon inggih dipun uncali mêrcon, prêlunipun supados puruna kesah.

3. Sagawon. Ing wanci dalu samôngsa jagung sampun sêpuh sok dipun risak dening sagawon, pramila ing wanci dalu tanêmanipun kêdah kajagi, sampun ngantos dipun risak dening sagawon, sarta ngiras anjagi tiyang ingkang badhe lampah awon.

4. Kêthèk. Tanêman ingkang cêlak wana ingkang kathah kêthèkipun, sok dipun risak dening kêthèk.

5. Bubuk. Pangrisakipun bubuk nalika jagung kasimpên, pramila panyimpênipun kêdah dipun tarang.

Rutam (R.T. Adisumarta)

Normalist Purbalingga.

--- 310 ---

Pawartos Sanès Praja

Nagari Polêk Ngingêr Lampah

Ing Kajawèn nomêr 18 sampun mratelakakên ing bab tindaking golongan mahasiswa ing Polên sami atindak rêsah ambalangi gêdhong gadhahanipun bôngsa Jêrman, ingkang ing kala punika nyarêngi ministêr sajawining praja Jêrman Von Ribbentrop tuwin ministêr sajawining praja Itali Graaf Ciano nuju sami wontên ing ngriku, wosipun para mahasiswa wau sami ngatingalakên anggènipun nagari Polên botên mathuk dhatêng Jêrman. Manawi tindakipun para mahasiswa wau namung dipun raosakên cèthèk, kenging kaanggêp namung pakartining lare. Nanging sajatosipun tindakipun wau pancèn angsal panggosoking liyan ing golongan militèr tuwin pangajênging golongan pulitik. Malah ing sapunika kawiyak bilih sajatosipun Polên punika rumiyin mila pancèn botên mathuk dhatêng Jêrman. Namung kawontênan ingkang kados makatên wau langkung dipun angge wados.

Kala ing wulan Januari 1934 Jêrman kalihan Polên sampun nate adamêl prajanjian botên badhe têmpuh-tinêmpuh. Ingkang makatên wau Jêrman rumaos kalêgan, dene botên nyamarakên, manawi tinêmpuh ing mêngsah gampil mingêripun mangilèn, ugi jalaran saking punika Jêrman lajêng sagêd gampil angsalipun laladan Saar, tuwin sagêd ngrêbat Ostênrik, saha sagêd angsal laladan Sudeten Jêrman. Môngka saupami Polên purun anggolong dhatêng Inggris tuwin Prancis, tamtu botên wontên lêlampahan kados makatên, awit tumindakipun Jêrman namung sarwa pakèwêd.

Kala Jêrman badhe ngrêbat Sudeten Jêrman, ciptanipun Polên badhe melikakên laladan ingkang wontên têtiyangipun Polên. Manawi sampun kalampahan makatên, lajêng badhe mêmitran kalihan Tsjechoslowakije. Ing pangintên tamtu badhe rakêt, saha lajêngipun ngayoni Jêrman sêsarêngan. Nanging sêdya wau cabar, awit Tsjechoslowakije malah lajêng nunggil dhatêng Jêrman saha pancêrêngipun tumuju dhatêng Polên. Ing wusana pinanggihipun nagari ingkang sampun saiyêg, inggih punika Polên, Honggarie tuwin Rumêni sami kêsikut Jêrman sadaya.

Lêlampahan ingkang kados makatên wau botên damêl pamarêmipun Polên, malah saya mêcah ngakalipun mrika-mriki anggayut dhatêng Ruslan saha mangsuli pamitranipun lami kalihan Prancis, nanging ugi taksih anglanggati badhe rêrêmbagan kalihan Jêrman wontên ing Berchtesgaden. Namung sajatosipun Jêrman sampun mangêrtos dhatêng akalipun Polên, ingkang ambênthalit wau, dados Jêrman botên sagêd badhe anggocèki ginêmipun Polên. Môngka nagari Polên punika sumêlap wontên ing antawisipun Ruslan kalihan Jêrman, sisip sêmbiripun Polên sagêd angglebag dhatêng Ruslan. Ingkang makatên punika nama botên badhe wontên antêpipun ingkang gumêlêng. Ing ngriku Jêrman badhe nyatakakên [nyataka...]

--- 311 ---

[...kên] antêpipun Polên, lajêng utusan Von Ribbentrop, wusana wêwadosipun kawiyak yêktos dening tindaking golongan mahasiswa ingkang sami damêl rêrêsah. Swaraning golongan mahasiswa ing Polên wau sakawit ngucap widadaning Itali, lajêng ngucap widadanipun Prancis, wusana wontên swara botên badhe marduli dhatêng Jêrman. Ingkang makatên wau, sarêng Jêrman mirêng, lajêng botên anggadhahi kapitadosan dhatêng Polên kaajak tunggil damêl kalihan Bèrlin-Romê, nanggulangi komunis.

[Iklan]

Tumrap Itali anggèning ngutus Graaf Ciano dhatêng Polên prêlu badhe nodhi dhatêng Polên, kadospundi ing bab antêpipun kalihan Itali ingatasing nêdha jajahan dhatêng Prancis tuwin Inggris. Nanging sarêng mirêng swaraning golongan mahasiswa, têtela bilih Polên gadhah pangeman dhatêng Prancis. Dados manawi makatên, Itali kecalan sêrêng anggèning badhe ngangkah jajahan, lajêng nama sewang-sewangan kajêng.

Kala golongan mahasiswa nywara wontên sangajênging gêdhong wêwakil Jêrman ing Warschau mungêl: Danzig duwèke Polên. Malah nalika wontên pêpanggihaning para mahasiswa tuwin mahaguru, wontên rêmbag angêmohi barang-barang Jêrman. Ing ngriku têtela bilih Polên sampun ngêblak tanpa aling-aling gêthingipun dhatêng Jêrman. Nanging Polên mêksa nandukakên gêlar nêdha pangapuntên dhatêng Jêrman, Jêrman ugi nampèni. Salajêngipun kathah rêmbagipun Polên dhatêng Jêrman ingkang wosipun badhe mêmulih manah. Nanging sajatosipun Polên ugi sampun utusan dhatêng Londhên tuwin Paris, ingkang akajêng saya ngrakêtakên anggèning mêmitran, saha Inggris sampun nyagahi badhe nyambuti arta dhatêng Polên prêlu kangge tumbas dêdamêl tuwin kangge andandosi laladan anggèning angsal saking Tsjechoslowakije. Kajawi punika taksih wontên bab sanès-sanèsipun saking Inggris ingkang gêgayutan kalihan Polên.

Nagari Rumêni, Honggari, tuwin Bulgari.

Ing salajêngipun wontên wartos, bilih Graaf Ciano arekadaya badhe nguwalakên Polên saking anggènipun gêgandhengan kalihan Rumêni, kanthi cariyos, Jêrman sampun botên nêdya melikakên laladan Roethenie, santun nêdya anggêbag Rumêni. Nanging kajêngipun Polên botên prêlu ajrih dhatêng Jêrman.

--- 312 ---

Ing sapunika Rumêni purun nyulayani sêdyanipun Jêrman. Golongan ingkang cocog kalihan Hitlêr dipun awisi dening Raja Carol. Pangajêngipun sampun tiwas dipun sanjata, kathah tindak ingkang nyirêp dhatêng golongan wau. Nagari Honggari sampun purun nunggil tindakipun Bèrlin-Romê nyêgah komunis. Katutipun wau jalaran sampun angsal epahan laladan Rumêni ing sabibar pêrang donya. Honggari lajêng purun tumindak kados Jêrman, nyingkirakên bôngsa Yahudi, botên ngajêngi bôngsa Yahudi cêpêng damêl praja, malah kalampahan sampun wontên pramukaning praja darah Yahudi nama Imredy kêpêksa sèlèh padamêlan, tuwin wontên tindak sanès-sanèsipun ingkang angiribi tindakipun Jêrman.

Tumrap Bulgari sampun dangu kenging dayanipun Itali. Bulgari nate nêdha wangsuling pasitènipun dhatêng Rumêni, dhasar nyata Bulgarie pancèn botên purun malêbêt paguyuban Balkan, inggih punika paguyubanipun Rumêni, Yugoslapiê, Grikênlan, tuwin Turki. Bulgari salugunipun inggih sampun angsal kamardikan sawatawis saking paguyubanipun praja sakawan wau, kawênangakên ngawontênakên wadya malih. Môngka ing sabibaring pêrang lajêng dipun awisi anggadhahi wadya, kajawi namung saprêlunipun kemawon. Ing sapunika nagari sakawan wau sampun anggadhahi wadya 7 yuta, ingkang badhe kuwawi nyantosakakên tata têntrêmipun Eropah. Kajawi punika Grikênlan mênang daya tuwin wênang ngêrèh dhatêng Bulgari, nanging babagan siti, sanadyan namung sacêngkang, botên badhe nyukani dhatêng Bulgari.

Ing sapunika ministêr sajawining praja Rumêni sawêg rêrêmbagan kalihan ministêr sajawining praja Polên, Kolonèl Beck, badhe nêtêpakên watês-watêsipun Honggari kalihan Tsjechoslowakije, saha Kolonèl Beck badhe ngajak Raja Carol ambêndung sampun ngantos kalêbêtan daya Jêrman. Nanging sêdyanipun wau botên kasêmbadan, amargi Honggari kalihan Rumêni taksih grêjêgan piyambak. Malah salajêngipun wontên wartos, Beck tuwin Cafencu sampun sanggêm badhe anggêlêngakên rêmbag, nanging dèrèng kêlampahan.

Wara-wara

Ngaturi uninga dhatêng sanggyaning para lêngganan, sawatawis dintên êngkas, administrasi badhe ngintunakên bêlangko poswisêl, minôngka panagihan arta lêngganan tumrap kuwartal II ing ngajêng punika. Sintên ingkang rumaos botên nunggak, botên prêlu maringakên wangsul bêlangko wau.

Saking panyuwunipun administrasi:

a. Panyêratipun asma utawi nomêring lêngganan ingkang cêtha, miturut adrèsban.

b. Prakawis ingkang botên gandhèng kalihan administrasi, kados ta: pitakenan bab dintên utawi pananggalan Jawi gathukipun kalihan pananggalan Walandi, sarta sanès-sanèsipun ingkang kêdah dipun ayahi dening rêdhaksi, punika sampun ngantos dipun sêrat wontên sêtruking poswisêl. Awit adamêl susah tur botên badhe dipun wangsuli. Manawi prêlu kenging pitakèn dhatêng rêdhaksi ngangge sêrat piyambak.

--- 313 ---

Pangagêng ing Gianyar, Bali

Ingkang jumênêng pangagêng ing Gianyar, Bali, ing sapunika, punika manawi ing tanah Jawi saminipun bupati, manawi ing kinanipun raja. Dene sêsêbutanipun ing basa ngamônca stedehouder. Dene ingkang jumênêng stedehouder ing sapunika asma Idha Anak Agung Ngurah Agung. Kados kacêtha ing gambar.

[Grafik]

Sami-sami nagari ing pulo Bali, Gianyar punika kapetang nagari ingkang loh jinawi piyambak. Jêmbaring laladanipun wontên 1360 km2, jiwanipun wontên 164.500, mèh sadaya tiyang siti.

Wontênipun Gianyar dipun wastani loh jinawi, amargi pasitènipun ing ngriku sampun kagarap sadaya, mèh sadaya têtiyangipun ing ngriku sami têtanèn. Tumindakipun ing damêl wêkêl, gêsangipun prasaja. Sanadyan têtiyang ing ngriku punika sampun migunakakên arta, nanging taksih wontên tindak urup-urupan. Namung kuciwa sakêdhik, jalaran saking kathahipun jiwa ing ngriku, ugi kêpêksa ngawontênakên tindak mindhahakên rakyat, dados kathahing jiwanipun wau, kados botên timbang. Nanging kawontênan wau sagêd ugi kêtarik saking kêndho-kêncênging padagangan. Dene padagangan saking tanah ngriku ingkang ngantos dumugi sajawinipun nagari, awarni: babi, lêmbu, koprah, tuwin sanès-sanèsipun.

Ing kinanipun, Gianyar punika tansah tuwuh paprangan, malah ing salêbêtipun taun 1846 dumugi 1849 ngantos kawontênakên bêbantu wadya saking parentah Walandi.

Nalika ing Bali dèrèng wontên wêwakil gupêrmèn, tumindaking paprentahan taksih sarwa mardika. Kala ing taun 1855 dipun dèkèki wêwakil, kabawah ing Residhèn Banyuwangi. Sarêng ing taun 1882 kaadêgan residhèn kagambêlokakên Bali tuwin Lombok.

Ing taun 1900 ing Gianyar sawêg têntrêm botên dipun têmpuh ing mêngsah saking Klungkung tuwin Bangli, ing salajêngipun dipun têtêpi Stedehouder.

Ing wêkdal punika Idha Anak Agung Ngurah Agung, ngawontênakên pahargyan mèngêti jumênêng Stedehouder sampun 25 taun, dipun rawuhi Residhèn Bali tuwin Lombok, kathah tamu ingkang sami anjênêngi pahargyan.

--- 314 ---

Andhèrèkakên Layon Dalêm

II

Garèng: Tak nyêla dhisik, Truk. Ana ing sêpur sênèl kuwi apa iya isih ana rêstorane.

Petruk: Isih bangêt, malah mundhak nècis.

Garèng: Lah rêganing panganan karo ombèn-ombèn apa iya isih panggah larange. Karo têngah taun saprene, dhèk aku plêsir mênyang Madiun kae, ana ing sêpur aku nekad jajan sêga sapiring, srundèng sêmaradana têlung sendhok, bêstik satêngah matêng sairis, wedang tèh sagêlas, alhamdulillah kêtiban ritning limalas uwang, môngka taksiranku yèn ana ing dharatan mung rêga têlung kêthipan. Rèhning ana sêpur taktikêlake loro dadi rêga nêm ece, lah, kok maktlêpèk rêga limang talèn. Tujune dhompètku isih ana rêstane kêthip têlulas, ajaa rak kalakon nyêmamlêm têmênan. Saprene aku isih gumun êmbahning gumun, Truk. Sing gawe rêstoran kuwi rak iya S.S. ta, sabab apa, rêganing panganan digawe mêncit bangêt ngono.

Petruk: Prakara rêrêgan ing rêstoran sêpur kuwi isih panggah bae larange. Nanging, Kang Garèng, kowe aja mrotès. Olèhe digawe sarwa larang kuwi, marga kanggo ngeman bangsane aku kowe iki. Aku kowe bisa nglèhèh nunggang sêpur apik tur bantêr kathik linggihane rada mêndut-mêndut, kuwi wis pira-pira bangêt. Supaya anggonku padha ngêtokake dhuwit aja nganti agawe mumêting boyok, dikawekani aja nganti padha jajan ana ing rêstoran sêpur, mulane rêrêgan ing kono digawe larang. Olèhe dilarangake kuwi iya kanggo mêlasi bakul-bakul ing sêtatsiun. Yèn digawe murah, aku kowe mêsthi êmoh tuku ana ing sêtatsiun. Karo manèh, Kang Garèng, anggone digawe larang kuwi iya kanggo ngeman jongos rêstoran. Yèn dimurahake, bangsane dhewe iki, sing wis dimisuwurake dhêmên ngêbrèh, mêsthi padha wani pating pêthangkring ana rêstoran, dadi kreta rêstorane gêlis rêgêd. Piring-piring, cangkir, gêlas, iya banjur kêrêp kanggo, dadi jongose kêrêp asah-asah. Yèn digawe larang, jongose rak iya rada suda akèh gaweane. Malah rêrêgan samono kae, saka rumangsaku, isih kêmurahên, bangsane dhewe sing nekad-nekad isih wani tuku. Supaya bangsane dhewe aja wani tuku babar pisan, bêcike rêrêgan ing rêstoran kuwi ditikêlake lima utawa rongpuluh pisan. Saiki êndhog pitik saglintir, digodhog sasumuban, dirêgani putung sèn. Kuwi patute didadèkake rêga nêmang apa sarupiyah pisan. Sêga gorèng tanpa apa-apa saiki rêga kapat têngah kêthip, kuwi bêcike dirêgani patang gelo apa rong ringgit, dadi karuwan olèhe ngeman bangsane dhewe iki.

--- 315 ---

Garèng: Iya, ya Truk, nèk dipêksa-pêksa omongmu kuwi kok iya bisa cocog karo nalar. Lah kae, Truk, ing sêpur kae rak iya disadhiyani layang kabar Java-Expres, apa iya isih wutuh cara Lônda kabèh, ora ana sisihane cara Mlayu.

Petruk: Isih kaya biyèn, Kang Garèng. Mulane ditêtêpake mêngkono, kuwi iya kanggo ngeman aku kowe iki, bisaa tutug anggone ngêmatake rasane nunggang sêpur sênèl. Yèn disisihi cara Mlayu, bokmanawa akèh sing padha maca, dadi kurang anggone ngrasakake kapenake wong nunggang sêpur. Karo manèh, layang kabare iya banjur gêlis rêgêd, mêrga kêrêp diêmak-êmèk ing wong. Yèn rêgêd, dol-dolane mênyang prombengan suda.

Garèng: È èh, cara pèine, aku kowe iki têrus dikon ngête bae. Wis saiki têrusna lèngsêngmu, Truk.

Petruk: Iya, nanging aja kakehan olèhmu nyêtop ... jam nêm sontên dumugi sêtatsiun Tugu. Kula mandhap saking sêpur. Rèhning sawêg dados jurnalis, tandang-tanduk kula badhe kula damêl ingkang anjurnalisi, sarwa cukat cancingan, sajak sarwa kêsêsa. Lampah kula badhe kula tata cêthak-cêthak anjêgidhêg, gêgêr mêntul-mêntul, janggut gêdhêg-gêdhêg manthuk mêmbat. Nanging, rancangan lampah kula, bibrah sadaya, jalaran kawratan bêbêktan. Tangan têngên nyangking kopêr ngiras ngêmpit koran kalih jinah, tangan kiwa nyangking mêsin sêratan kalihan tas kêbak dlancang, tur taksih mawi wêwahan pacakan kalung foto tusêtèl. Dados anggèn kula lumampah kêpêksa anggêmbelo sêpuh aliyas mèyèk-mèyèk. Dumugi ing jawi sêtatsiun, mêsin sêratan kula sèlèhakên, ngundang andhong. Sampun kula bêngoki kaping tiga, kusir gèbès kemawon, botên purun dhatêng. Ing batos kula gumun sangêt, dene kusir-kusir sami ambaekot kula. Sawêg judhêg makatên punika, dumadakan tangan kula dipun jawil abdining kangjêng parentah, asikêp dêdamêl kênthès karèt, wicantên alus sarèh kados priyantun kraton Ngayogya: Cik, kaluk mau naik andhong, musti pêrgi sanah, ya. Ing ngriku kula lajêng saya mangrêtos, yèn rupi kula punika manawi mawi pantalonan trêp kalihan Tionghwa Peking. Amrih botên adamêl gêla, upas wau kula wangsuli alus, swara kula kula pasèh-pasèhakên kados Tionghwa mêntas mandhap saking kapal Y.C.Y.L. Wangsulan kula: Têlima kasih banyak-banyak, ya, saya tidhak mêngêlti. Sawêg mangsuli makatên, dumadakan wontên mitra pitêpangan kula dhatêng anggablog gêgêr kalihan wicantên sora: Hêlo, Dèn Bèine Petruk iki. Anggènipun wicantên makatên [makatê...]

--- 316 ---

[...n] punika kalihan gumujêng damêlan, glègèk-glègèk, kados kalimrahaning priyantun Ngayogya modhèl kina. Mas upas ngêndhêlong manahipun, bokmanawi gêtun margi kumapurun drojog-drojog anggêlèk gêstèl kula kalihan Tionghwa tanpa titipriksa rumiyin. Upas wau lajêng nyêlaki, nêdha pangapuntên. Kakêndêlanipun mas upas, purun ngakêni klèntunipun sanalika, kula kêploki lair batos. Makatên sipating abdinipun nagari tukang nglêrêsakên tiyang lêpat, kêdah wani nglêrêsakên lêpatipun piyambak. Kula lajêng numpak andhong. Lumampah gêdhègrèg-gêdhègrèg sasakecanipun. Kusir kula purih ambantêrakên kapalipun. Dipun sambuk kaping tiga, lampahipun taksih mengkak-mengkok kemawon. Kula kèn nyambuk ingkang sêru, kusir mangsuli: Jaman saniki botên angsal milara kewan, lah niku ênggèn lingguhanipun rak êmpun ontên tulisane. Dumugi ing griya pondhokan, kula lajêng nyuwun pitulungan dhatêng ingkang kagungan dalêm, karsaa nyêpakakên pangangge prabotipun tiyang sowan dhatêng kraton. Lêt satêngah jam, pangangge sampun cumawis. Rasukan bêskap sapratigan lusin. Kula cobi, nomêr satunggal kagêngên, nomêr kalih alit sangêt, nomêr tiga trêp, namung jangganipun cupêt, nomêr sakawan trêp sadaya, nanging warninipun sampun bawuk. Kula dandos sakêdhap, sêt sêt plêk, mlungsungi dados satriya abranyak. Bênik kula iling-ilingi, wontên lètêripun K.P. hêlo, anèh têmên. Manawi abdi dalêm gupêrmèn W, Solo P.B., Jugja H.B., Pakualaman P.A., Mangkunagaran M.N. Punika têka nylênèh K.P. Kula kuwatos yèn cêkakanipun kêpala pukul, kuli pengok, kêtela pohung, kere priman. Kangge pangarêm-arêming manah, kula têgêsi piyambak ingkang gagah Kangjêng Petruk.

Garèng: Sêtop, sêtop, aja main nganggo sêbutan kangjêng. Iya bênêr saiki ing Ngayoja sêbutan kangjêng kuwi wis ora pati mêncit bangêt kaya biyèn, jalaran para bupati cilik-cilik iya wis padha diparingi sêbutan kangjêng. Nanging tumrap sakowe, wong cili guthi, dudu dèn, dudu mas, ora kêna nekad nganggo sêbutan kuwi.

Petruk: Kuwi mau mung kanggo pamarêmku dhewe, yèn kanggo dhewekan ora kêna, iya takganti Kraèng Petruk, kraèng ora kêna, iya takganti Ki Petruk.

Garèng: Sêbutan ki, kuwi bênêr dudu sêbutan dhinês, nanging tumrap kowe iya kêmênjulukên bangêt. Jalaran sing padha nyêbut awake dhewe: ki, yèn wadon nyi, kuwi sing lumrah para jêjênggul sing wis ketok ana ing kalangan kono sarta umure wis rada dawêg. Yèn kowe wani-wani nyêbut awakmu dhewe:ki, taktanggung mêsthi akèh sing padha ngèncêpi, jalaran ora ana sing kok êndêlake. Umurmu isih jêgèr wani nglakoni wandhêlmarês. Kapintêranmu ora sêmbada karo pêtontongmu.

Petruk: Yèn ora kêna nganggo: ki, K.P. kuwi daktêgêsingdaktêgêsi. Kuli Priyayi, têgêse sajananasanajana. kuli, nanging patèntènge kaya priyayi.

Garèng: Yèn kaya ngono, ora ana sing wani andhebat, kuwi wis cocog bangêt.

--- 317 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès)

TANAH NGRIKI

Bab sade lare ing Bêkasi. Kados ingkang sampun nate kawartosakên, ing Bêkasi wontên tiyang sade lare. Ing bab punika sarêng dipun titipriksa dening adjunct-jaksa Mr. Cornelis, sagêd manggihakên tiyang ingkang sade, nama Abdul Manap, asli nyolong lare ing dhusun Cakung, anakipun tiyang nama Misan. Ingkang nglantarakên nyade tiyang nama Mirin, dipun tumbas ing nyonyah bangsa Tionghoa nama Ong Tiang Nio ing Tambun, dipun tumbas f 40.- sawêg dipun bayar f 15.-, lajêng kabêkta dhatêng Palembang, dhawah ing bangsa Tionghoa nama Yap Tjiong Lay. Kajawi punika taksih kathah panunggilanipun. Kala wêdana Bêkasi nyatakakên dhatêng Palembang, sagêd manggihakên lare 24, nanging lare samantên wau kathah ingkang sampun têrang tiyang sêpuhipun, anggènipun nyukakakên jalaran sampun botên kadugi ngopèni. Ingkang lugu asli colongan namung wontên lare 6.

Ngajêngakên suntikan pest. Jalaran saking tuwuhipun sêsaskit pest ing bawah Têgal saya mindhak, ingriku lajêng kawontênakên tindak suntik pest têtiyang ing padhusunan, dene ingkang langkung dipun wigatosakên ing bawah Slawi tuwin Jatibarang. Sadaya kintên-kintên wontên tiyang 30.000

Tuwan de Hoog tilar donya. Kala malêm taun 1 Maart punika, Tuwan F.H. de Hoog Bondvoorzitter I.E.V. Gedelegeerde warga Raad Kawula, seda wontên Bandung.

Muhammadiyah badhe nyuwun rechtpersoon malih. Kawartosakên, benjing tanggal 8 dumugi 10 April ngajêng punika, pangrèh agêng Muhammadiyah badhe ngawontênakên pêpangggihan kalihan para kungsulipun manggèn ing Kudus, pêrlu badhe ngrêmbag nyuwun nyambêti rechtpersoon malih dhatêng parentah.

Arta subsidie ennggal.enggal. Wontên wartos, wiwit benjing wulan Augustus ngajêng punika parentah badhe ngêdalakên arta subsidie enggal tumrap pamulangan partikêlir. Subsidie makatên punika ingajêng sampun nate wontên, nanging gangsal taun sapriki botên katindakakên.

Sês sigarèt wêdalan tanah ngriki. Ing taun 1938 kêpêngkêr, wêdalipun sês sigarèt saking tanah ngriki wontên pangaos 52 yuta rupiyah. Sês wau ingkang lintingan mêsin wontên 26 yuta, ingkang lintingan tangan wontên 16 yuta. Rêrêgèn wau manawi dipun timbang kalihan kala ing taun 1937, suda 10 yuta tupiyah.

Têtiyang ing Lampung bela sungkawa. Kala rayat ing Lampung mirêng surud dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana, ing masjid Tanjungkarang kala sêmbahyang mahrib kawontênakên tahlil, minangka tandha bela sungkawa. Tuwuhing raos bela sungkawa wau gêgayutan kalihan kala têdhak dalêm dhatêng Lampung.

Nusuli kabar ing bab ingkang Bupati Probolinggo. Ingajêng wontên wartos bilih ingkang Bupati ing Probolinggo tampi dhawuh saking parentah, sinau dhatêng nagari Walandi. Ing sapunika wontên wartos, bab punika botên nyata.

Congres Gerindo. Pakêmpalan Gêrakan Rahayat Indonesia, benjing ing wulan Juni ngajêng punika badhe ngawontênakên congres, manggèn ing Palembang. Ingriku badhe kawontênakên rêmbag ing bab ebah-ebahan cooperatie ingkang sapunika sawêg kawigatosakên yêktos dening rayat tanah ngriki ing Sumatra Kidul tuwin sanès-sanèsipun. Ingriku ugi badhe ngawontênakên pilihan hoofdbestuur.

Congres Muhammadiyah. Miturut wartos congres Muhammadiyah ingkang kaping 28 badhe manggèn ing Medan, dhawah wontên tanggal 19 dumugi tanggal 25 Juli. Ing wêkdal congres punika ugi badhe kawontênakên parêpataning golongan wanita tuwin golongan mudha.

Congres Houtvester. Miturut wartos benjing tanggal 15, 16 tuwin 17 Mèi golongan Houtvester badhe ngawontênakên congres ingkang kaping 28, manggèn ing Bandung. Sabibaring congres kawontênakên darmawisata. Kajawi houtvester ing tanah Jawi ugi saking tanah sabrang.

[Iklan]

Murid Boschbouwschool. Dumugining punika, cacahing murid ingkang badhe malêbêt dhatêng Boschbouwschool ing Madiun ingkang kabikak benjing Augustus ngajêng punika sampun pintên-pintên dasa. Lajêng badhe nyadhiyani papan ingkang langkung jêmbar.

Pikantuking anggèning papriksa Dr. Theunissen. Dr. Theunissen, sampun wangsul saking anggèning papriksa dhatêng Lampung, Palembang tuwin Banka. Ingkang dipun pariksa ing kala punika ing bab tataning pitulungan jêjampi ing tanah paboyongan tuwin papan pamelikan, punapadene têtiyang ingriku. Kajawi punika ugi manah dhatêng bab panguparapangupakara. têtiyang sakit ewah. Saha ingriku pêrlu kawontênakên papan têtanèn kangge têtiyang sakit ewah ing Palembang. Kajawi punika ugi manah badhe angrêsiki laladan Lubuklinggau, pêrlu kangge nyirnakakên sêsakit malaria. Ing wêkasaning wulan Maart punika, Dr. Theunissen badhe dhatêng Selebes kidul, dene ing wulan Mèi dhatêng Riauw tuwin Indragiri.

Inggah-inggahan Pangrèhpraja Jawi Têngah. Mas Singgih Harsoyo, Aib. nindakakên padamêlan mantri polisi Veldpolitie ing Pêkalongan, dados asistèn wêdana paresidhenan Pêkalongan.

Pakêmpalan Langên Siswo. Kala jaman taksih wontên Stovia ing Bêtawi, wontên pakêmpalan nama Langên Siswo, inggih punika pakêmpalanipun para murid dhoktêr. Pakêmpalan wau anggadhahi gangsa tuwin ringgit. Ing sapunika wontên tilas warganipun cacah 16, lajêng badhe ngrêmbag badhe kadospundi tumanjanipun barang wau.

Bangsa ngamanca ingkang kawangsulakên. Ing wêkdal punika kathah bangsa ngamanca ingkang malêbêtipun dhatêng tanah ngriki botên têrang, saha têtiyang ingkang makatên wau lajêng dipun wangsulakên dhatêng nagarinipun. Sampun sawatawis dintên wontên bangsa Jêpan ingkang dipun cêpêngi wontên ing Tarakan, ingkang malêbêtipun mriki botên têrang. Bangsa Jêpan ingkang dipun cêpêngi wau wontên ingkang ingenieur, lajêng kabêkta dhatêng Bêtawi saha lajêng kakintunakên wangsul dhatêng Jêpan. Makatên ugi nalika nyêpêngi bangsa Jêpan ing Pasar Ikan, Bêtawi, wontên bangsa Jêpan ingkang dhoktêr, salajêngipun ugi kasingkirakên saking tanah ngriki.

--- 318 ---

[Iklan]

Gunggungipun têtiyang angguran ing Bêtawi. Dumugining wêkasanipun wulan December 1938 gunggunging têtiyang angguran ingkang namanipun dipun cathêt wontên ing Arbeidbeurs, bangsa Eropa 5740, tiyang siti 14.004, bangsa Tionghoa 855. Sadaya gunggungipun wontên 20.599. Kala ing wulanipun November pêpetanganipun wontên 5948, 11.257 tuwin 810, gunggung 19.115. Têtiyang ingkang dipun pitulungi arta wontên 1339 gunggungipun arta wontên f 46.634.15, ing wulanipun November wontên tiyang 1454, artanipun wontên f 48.097.03. Ing salêbêtipun wulan Januari ngêdalakên waragad kangge werkloozencursus f 30.180, ing wulan December wontên f 13.435,-, tumrap I.M.I.W. f 39.140, ing wulan December f 28.400,- tumrap werkcentrale pintên-pintên f 32.850,-, December f 13.400,-.

Motor mabur ingkang anggêgana dhatêng tanah ngriki jangkêp kaping 700. Sampun sawatawis dintên motor mabur Wielawaal ingkang saking nagari Walandi dumugi ing Bêtawi. Motor mabur wau kapetang motor mabur saking nagari Walandi ingkang anggêgana mriki dhawah ingkang kaping 700. Kala dintên dhatêngipun wau (tanggal 2 Maart punika), wêwakil K.L.M. tuwin K.N.I.L.M. sami mapag angurmati. Nanging dhatêngipun wau kasèp sadintên, amargi kala dumugi ing Prancis hawanipun sakalangkung awon, kêpêksa kèndêl sawatawis. Miturut katrangan saking juru nglampahakên Beurgman, kala panggêgananipun wontên antawisipun Marseille-Rome anginipun agêng sangêt, andadosakên rêndhêting lampah, nanging lajêng sagêd amulihakên lampah. Nanging sarêng dumugi Indu kêtêmpuh ing jawah agêng, ugi kêpêksa kèndêl. Dados panggêgana ingkang kaping 700 punika dados satunggiling pratandha kasambading lampah ingkang sarwa ngambah pakèwêd, ewadene wilujêng.

Suntikan cacar ing bawah Cirêbon. Sampun sawatawis dintên ing dhusun Jatisèèng, bawah Cilêdhuk (Cirêbon), katindakakên cacaran tumrap têtiyang ing laladan ngriku. Tiyang ingkang dipun suntik sadaya wontên 8000. Wontênipun ngantos sagêd samantên wau saking rêrigên punggawa dhusun nggrètèhi dhatêng têtiyang padhusunan murih sami mangêrtos dhatêng kajênging suntikan.

Papan kasênêngan ing Bêtawi. Sampun dangu wontên wiraosan badhe ngawontênakên papan kasênêngan ing Bêtawi ingkang mêpêki punapa-punapanipun. Ing sapunika badhe kêlampahan manggèn wontên ing Prinsenlaan. Park punika tumrap satanah Jawi badhe botên wontên ingkang ngungkuli agêngipun. Jêmbaring pasitèn wontên 70.000 mètêr pasagi. Ing têngah-têngahing papan wau dipun dèkèki rêdi alit, dipun dêgi griya kangge dansah ingkang sakalangkung pèni. Kajawi punika ingriku ugi dipun dèkèki papan baitan kanthi dipun sadhiyani baita kangge lêlangên. Papanipun pajajanan dipun damêl wangun kapal, ingkang agêngipun sairib kapal K.P.M. wangunipun ugi makatên. Têtingalanipun warni-warni. Pasiramanipun wontên tigang blumbang, isi kamar pangangge 146. Dilahipun lêstrik ingriku ngangge 200.000 watt. Ingkang ngadani damêl papan kasênêngan wau Tuwan Tan Hin Hie, dumuginipun sapunika sampun nêlasakên waragad f 300.000,-. Kintên-kintên taksih nêlasakên f 25.000,- malih.

Pamulangan luhur Islam. Ing bab badhe adêgipun Pamulangan Luhur Islam ing tanah ngriki, punika wontên wartos badhe angsal pambiyantu sambutan gêdhong pamulangan saking parentah, tuwin buku-buku ingkang pêrlu dipun angge mulang, kajawi punika ugi badhe kaparingan panduman loterij.

N.I.A.S. Lulus artsexamen, R. Sunaryo, asli saking trênggalèk. Lulus artsexamen perangan kapisan, tuwan-tuwan Sumiarto Joyodiharjo tuwin Tuwan Tata Adisurya.

NAGARI WALANDI

Pawartos ingkang ambingahakên. Miturut wartos praja, Zuzter Tryntje Boonstra ing Haagsche Diaconessenhuis, atas asma dalêm Sri Prajurit Prinses Juliana badhe kapundhut damêlipun ing samangsa Sri adukaPaduka. Prinses Juliana ambabar, kintên-kintên badhe wontên salêbêting mangsa bêntèr ngajêng punika. Zuzter Boonstra wau badhe kabiyantu Zuzter Feith, ingkang sapunika sampun kaparingan padamêlan ngupakara Putri Beatrix.

AMERIKA

Layonipun wêwakil Jêpan ing Amerika. Awit saking pikajêngipun Departement Marine Amerika, atas saking dhawuhipun President Roosevelt, layonipun wêwakil Jêpan ingkang sampun awujud awu, kadhawuhan ambêkta wangsul dhatêng Jêpan dipun bêkta ing kapal pêrang. Punika kangge pasaksèn anggèning Amerika angaosi dhatêng wêwakil praja sanès ingkang wontên ing Amerika.

AZIA

Kasangsaran ing Jêpan. Kala tanggal 28 Februari kêpêngkêr, ing Hoirakata, sacêlakipun Osaka, wontên gudhang obat anjêblug anjalari kêbêsmèn, ngantos dumugi tanggal 1 Maart dèrèng sirêp, kapitunanipun langkung agêng. Marèmbèting latu botên sagêd sirêp dening pompa, ugi wontên ingkang kenging kasirêp, nanging botên sapintêna. Kawontênanipun pinanggih têntrêm. Miturut wartos ingkang kantun, wontên punggawa militèr 6 tiwas, 2 ical, 50 kêtaton, tumrap têtiyang ingkang sanès militèr wontên 22 tiwas, 569 nandhang tatu, ingkang 113 tatu rêkaos, tuwin 153 ical. Miturut wartos praja, jalaraning jêblosan wau saking kirang ngatos-atos, wontên satunggiling kuli adamêl dhawahing bom nalika nuju dipun isèni.

Babagan wadya lautan tuwin gêgana Inggris ing Asia. Miturut wartos, ing taun ngajêng Inggris badhe ngadani damêl babagan wadya lautan ing Asia, kanthi sadhiyan waragad 5 yuta pondsterling. Dununging babagan wau ing Singapura, Ceylon tuwin sanès-sanèsipun ingkang wigatos tumrap Inggris. Pandamêling papan anggêgana enggal ing Singapura badhe dipun wiwiti. Ing Trincomali (Ceylon) dipun wontêni papan anggêgana, ing sapunika sampun kagarap kanthi sêsidhêman. Gêgayutan kalihan bab punika, Prancis inggih lajêng nyantosani pajagèn ing Indo-China, supados jajahan ingriku sagêd madêg piyambak ing bab kasantosan praja ing samangsa wontên paprangan.

--- 319 ---

Wêwaosan

Anakipun Tarsan

Piridan saking buku karanganipun Edgar Rice Burroughs

54

Mariyam kalihan Morison sami lumêbêt dhatêng ing kamar. Sarêng sampun kesah, Bwana nyêlaki Anson, wicantên: Panjênêngan têka sagêd kapanggih kalihan tiyang kalih punika, kadospundi.

Anson mangsuli lirih: Wau sontên kula dhatêng panggenanipun Jèrwis. Wangsul kula saking ngriku, botên têrus mantuk dhatêng palêrêban, ngaso ngisis wontên ing patamanan. Kula pancèn kêrêp sangêt thênguk-thênguk wontên ing ngriku ngenggar-enggar manah. Semah panjênêngan inggih kêrêp sumêrêp kula. Sontên punika wau kula thênguk-thênguk wontên ing wingking grumbulan, saking sakecanipun ngantos kalajêng tilêm. Dumadakan mirêng swaraning tiyang lumampah omong-omongan, sarêng kula waspadakakên, ingkang sami gêginêman punika Morison kalihan Mariyam. Punapa ingkang sami dipun ginêm, kula kirang têrang. Namung kemawon lêt saantawis Bènês mêndhêt kapal kalih, Mariyam kaajak numpak kapal, lajêng têtêgaran ngênêr dhatêng ing wana. Pancènipun kula badhe têrus tilêm, ananging lajêng kèngêtan pun Mariyam, manah kula mêlang-mêlang. Manawi tiyang jalêr makatên botên dados punapa, sarêng tiyang èstri, ing wanci dalu dhatêng wana, kathah bêbayanipun. Lampahipun lajêng kula tut wingking saking katêbihan. Anggèn kula tut wingking punika nama kalêrêsan sangêt. Mariyam kalihan Bènês mèh katiwasan dados mêmangsaning singa. Kula dumugi ing pinggir wana, sumêrêp pun Bènês numpak kapal, ambandhang bantêr sangêt, Mariyam dipun tilar wontên ing wana. Tujunipun singa lajêng kula dhawahi sênjata, pêjah sanalika.

Dumugi samantên Anson kèndêl. Tiyang kêkalih sami pandêng-pandêngan. Botên dangu, Anson dhèhèm-dhèhèm kados badhe ginêman malih. Bwana pitakèn: Wontên punapa Anson. Kêng slira kados taksih badhe ngandika.

Anson wicantên lirih, kados ragi rikuh jalaran ajrih cariyos barès. Wicantênipun: Nyuwun pangapuntên, lêrêsipun wontên prakawis ingkang ragi anèh.

Bwana kagèt, mandêng dhatêng Anson kalihan pitakèn: Anèh kadospundi, kula aturi ngandikakakên punapa wontênipun.

Anson: Dalu punika wau, lêrêsipun Morison badhe ngajak kesah Mariyam. Anggèn kula mastani makatên punika, kajawi nitik solah-tingkahipun, inggih margi mirêng têmbungipun Bènês piyambak.

Wicantênipun Anson punika lêrêsipun namung awêwaton dugi-dugi, sarta gadhah niyat badhe mikantukakên badanipun piyambak. Amrih botên kenging panggrayangan awon, punapadene sagêd kadumugèn sêdyanipun, Morison ingkang kangge bêbantên anutupi niyatipun piyambak.

Anson anglajêngakên wicantênipun: Sapunika saenipun makatên kemawon. Panjênêngan priksa, kula sampun badhe kesah nglajêngakên lampah kula. Angkah kula, Morison badhe kula ajak kesah. Manawi sampun dumugi ing margi kapilah, kajêngipun pados margi piyambak. Manawi makatên, panjênêngan rak lajêng sênggang, botên prêlu manggalih sangêt-sangêt dhatêng Morison.

Bwana kèndêl sakêdhap. Rêmbagipun Anson dipun saring dipun limbang-limbang sayêktos. Sarêng sampun matêng panglimbangipun, tumuntên wicantên: Rêmbag panjênêngan punika sae, namung kemawon wontên pakèwêdipun. Morison punika tamu kula, bukti-bukti ingkang nêrangakên yèn piyambakipun badhe ngajak kesah Mariyam, dèrèng nyêkapi. Kula dèrèng kenging andakwa ingkang botên-botên dhatêng Bènês. Kalihan malih, rèhning piyambakipun tamu kula, kula botên kadugi nundhung kesah kados makatên punika. Manawi botên kêsupèn, kados-kados Morison pancèn sampun gadhah niyat badhe pangkat saking ing ngiki, bokmanawi kemawon purun sêsarêngan kalihan panjênêngan. Anggèn panjênêngan pangkat rak benjing-enjing, ta. Kula kintên Bènês purun tumut panjênêngan. Sapunika sampun dalu, benjing-enjing kemawon dipun rêmbag malih. Sampun, andhèrèkakên sugêng. Matur nuwun, dene panjênêngan tumut ngrêksa Mariyam.

Anson tumungkul ragi kawirangan, tumuntên pamit wangsul. Mandhap saking ing èmpèr ngajêng, enggal-enggal nyengklak kapalipun.

--- 320 ---

Bwana lumêbêt ing griya têrus dhatêng ing kamar papan nyambutdamêl. Morison sampun dangu ngêntosi wontên ing ngriku, ngodag-ngadêg kalihan lumampah wira-wiri. Bwana dhatêng, ngêngakakên lawang kalihan wicantên: Bènês, benjing-enjing Anson badhe pangkat, nglajêngakên lampahipun. Wau criyos dhatêng kula, manawi panjênêngan purun badhe kaajak sarêng. Sampun kula aturi sare, sampun dalu. Wicantên makatên punika tumuntên kesah, sêmunipun botên purun ginêman malih.

Enjingipun Mariyam têrus dipun kèn wontên ing kamar kemawon, botên kenging mêdal-mêdal manawi Morison dèrèng kesah saking ing ngriku. Wanci enjing umun-umun Anson sampun dhatêng ngampiri Morison. Lêrêsipun ing dalu punika wau Anson botên mantuk dhatêng palêrêbanipun, namung nunut tilêm wontên panggenanipun Jèrwis, milanipun wanci enjing sampun sagêd ngampiri Morison.

Bwana dipun pamiti Morison ila-ilanipun inggih ngatingalakên cuwaning manah. Ananging batosipun anggêgiri ngenggalakên kesahipun. Sarêng sampun mangkat Bwana lêga manahipun, rumaos sampun uwal saking rêribêd. Anggènipun sagêd angesahakên Bènês punika dipun anggêp sagêd nêtêpi wajibipun rumêksa kawilujênganipun Mariyam. Piyambakipun mangrêtos yèn Morison pancèn kêpencut sangêt dhatêng Mariyam, ananging rèhning sumêrêp, bilih Morison punika tiyang Inggris, ingkang ngêgung-êgungakên luhuring bangsanipun, mila mokal sagêdipun trêsna lair batos kalihan lare èstri Arab. Sanajan trêsnaa pisan inggih botên badhe purun ningkah Mariyan kanthi absah, kabêkta saking bedaning bôngsa. Pakulitanipun Mariyam botên cêmêng kusi kados tiyang Arab, ananging saking pangintênipun Bwana Mariyam punika bôngsa Arab, sabotên-botênipun inggih pranakan Arab.

Bab anggènipun nundhung pun Morison punika botên dipun cariyosakên dhatêng Mariyam. Punika lêpatipun Bwana. Lêrês pun Mariyam rumaos kapotangan kasaenan agêng sangêt dhatêng Bwana kalihan Lipê, naging margi dipun wastani ingkang botên-botên, manahipun mêksa sêrik sangêt. Saking rumaosipun, kesahipun Morison punika margi paekan utawi jail-jailan, mila manahipun lajêng kêtuwuhan tekad badhe nglabuhi Morison.

Anson kalihan Bènês pangkat sêsarêngan dhatêng ing palêrêbanipun Anson. Wontên ing margi, Morison kèndêl kemawon, botên purun ginêman lan botên purun miwiti ngajak ginêman. Polatanipun anjêgadul, kabêkta saking mêndhokolipun. Anson badhe miwiti ginêman, nanging radi mônggamara. Margi saking pakèwêdipun, lampahing kapalipun dipun êndhokakên, dadondados. ngêtutakên lampahing Morison.

[Iklan]

Nalika Morison nolèh dhatêng pasanggrahanipun Bwana, Anson nyêla wicantên: Pancèn ora ngrêti tata, ya, Bwana kuwi. Bocahe wedok kae wangune diêmi-êmi bangêt, ora olèh omah-omah karo wong liya. Saka rumangsaku, Bwana kuwi têtêp mung amburu sênênge dhewe. Olèhe nundhung kowe, êmbèn buri kono mêsthi kêduwung. Upama bocah wadon kae diomah-omahake, apa iya bisa olèh jodho kaya kowe. Aku ora ngalêm, bênêre, arang-arang ana wong nonoman sing gênah lan tanah kaya kowe.

Morison ing sakawit ragi mrêkitik mirêng wicantênipun Anson, dene dahwèn tumut-tumut ngraosi Mariyam. Ananging muring-muringipun malih dados bingah sarêng mirêng têmbungipun Anson ingkang wêkasan, ingkang asuraos ngumbulakên sarta ngalêm luhuring bangsanipun. Polatanipun malih sami sakala, waunipun anjêgadul, sapunika bingar sajak sarwa kadugi. Wicantênipun: Bênêr kandhamu, Bwana kae pancèn wong ora wêruh tata. Ana ing têngahing alas Aprikah kene, kêna ngaku-ngaku tuwan bêsar, pambêkan kaya lanang dhewe, nanging besuk yèn bali mênyang Londhon, aja takon dosa, ngrasakake pamalêsku. Ana ing tanah Inggris Bwana kae kêtawur kawo uwuh, ora ana wong ngaruhake. Ana ing kene pambêkane ngungkuli setan bêlang.

Anson: Yèn aku, Bènês, ora lêga ora lila yèn ana wong sing wani-wani ngrêbut calon nyonyahku. Takblakani, ya. Nanging janji, aja kôndha sapa-sapa. Bênêre aku gigu andêlêng raine Bwana. Mungguha ana jalarane, wis takrampungi wingi-wingi. Yèn kowe duwe karêp arêp malês wirang, aku saguh mitulungi.

Morison bingah sangêt, wicantênipun: Wah, kabênêran bangêt. Nanging kapriye anggonku bisa malês wirang.

Anson: Ah, gampang bae. Mariyam ajakên lunga. Yèn nyata trêsna karo kowe mêsthi gêlême. Badhe kasambêtan.

--- 37 ---

Nomêr 10, 10 Marêt 1939, Taun IV

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta: Rr. Siti Mariyam, kawêdalakên sabên Slasa.

Kamajêngan Wanita ing Mênadho

Saya dangu saya katingal bilih kamajênganing wanita ing tanah ngriki punika pinanggih ing pundi-pundi.

Ingkang kacêtha ing gambar punika golonganing wanita ing Mênadho nalika mahargya Boki Inadhatu Oil (boki punika sêsêbutan wanita darah), garwanipun Jogugu ing Kwandhang (Jogugu punika namaning pangkat), wigatosing pahargyan wau, mèngêti anggènipun satunggiling boki kaparêng ambiyantu dhatêng ajêngipun karukunan wanita. Panjênênganipun sabên-sabên kaparêng nênuntun saha lajêng kêparêng ngêmori damêl, saha anggèning tumindakipun wau sampun 20 taun. Dene wohing damêlipun wau ngantos dipun uningani parentah saha tampi bintang salaka.

[Grafik]

Boki Ina Dhatu Oil ingkang lênggah ing têngah-têngah.

Sarêng panjênênganipun boki wau tampi bintang, golonganing para wanita lajêng nyarêngi ngawontênakên pahargyan kanthi ngaturakên tôndha pangèngêt-èngêt awarni baki salaka, mawi sêratan mungêl: Angeboden Aan de Boki Ina Datau-OlilOil. Door de Gorontalosche dames ter eere van haar decoratie.

Putri ingkang pinarhagya punika kados pindhaning biyung ingkang dados panuntunipun para wanita ing ngriku.

--- 38 ---

Watak Ngrêrêsahi

Para ibu têmtunipun botên kêkilapan bilih panggulawênthahing putra punika saperangan wontên ing ibu. Panggulawênthah punika satunggaling padamêlan ingkang botên gampil, nanging inggih padamêlan ingkang mulya, awit ambangun lare sagêdipun dados tiyang ingkang utami, sênêng nyambut damêl. Punika angèl, mila prêlu sangêt wiwit alit dipun kulinakakên nyambut damêl.

[Grafik]

Tindak nêniru ingkang tumônja ing damêl.

Lare sadèrèngipun lumêbêt sêkolah, dados kintên-kintên umur 3-6 taun, sênêng sangêt ngrêsahi tiyang nyambut damêl, lan sênêng saba pawon tumut ibunipun ingkang sawêg olah-olah. Ibunipun sawêg ngrêsiki piring lajêng dipun têdha badhe dipun rêsiki, manawi botên angsal lajêng nangis sapiturutipun.

Kathah para ibu ingkang lajêng judhêg ngraosakên putranipun ingkang tansah ngridhoni anggènipun nyambut damêl. Mênggah tumrapipun lare piyambak, sajatosipun botên rumaos manawi sumêdya ngridhoni, awit punika gandhèng kalihan wêwatêkanipun. Lare ingkang umur 3-6 taun, wêwatêkanipun sênêng tumandang lan nirokakên. Sarèhning sênêng tumandang mila ugi badhe tumandang. Manawi sumêrêp ibunipun ngrêsiki piring, inggih lajêng badhe tumandang nirokakên, pun ibu ingkang botên ngrêtos dipun wastani badhe ngrêsahi, ing môngka sajatosipun botên.

Bêkja sangêt pun ibu ingkang botên katlompèn dhatêng wêwatêkaning putranipun ingkang nêdhêng gadhah wêwatêkan kados makatên, mêsthi lajêng dipun pigunakakên. Pun lare tamtu lajêng kapurih ngrencangi nyambut damêl, upami mêndhêt godhong, mêndhêt sendhok sapiturutipun. Ringkêsipun damêlan ingkang gampil-gampilan botên mutawatosi tumraping lare. Lare ingkang kadhawuhan makatên wau mêsthi bingah manahipun, rumaosipun sampun [sa...]

--- 39 ---

[...mpun] sagêd nyambut damêl. Dados pun ibu inggih lajêng botên dipun ridhoni, tur inggih sagêd ngrencangi, sanadyan botên sapintêna.

Iba badhe bêgjanipun lare, manawi wiwit alit sampun dipun parsudi nyambut damêl, awit pamarsudi wau badhe sagêd mujudakên pakulinan lan pakulinan sagêd dados wêwatêkan, lan wêwatêkan badhe ngwontênakên tandang, lan tandang badhe ambabar woh ingkang munpangati.

Ibu ingkang anggatosakên prakawis punika atêgês anggatosakên gêsangipun lare ing têmbe. Manawi para ibu sagêd migatosakên lêlampahanipun lare, ing ngriku para ibu ingkang taksih rumaos karèmèhakên sagêd ngatingalakên luhuring drajatipun. Inggih ibu ingkang kados makatên punika ingkang dipun bêtahakên dening bôngsa kula ing jaman sapunika.

Samta: Bratasuwignya. Sala.

Bab Jampi

Jampi watuk ingkang dèrèng malahi

Gêndhis batu ingkang pêthak kakumbah rêsik, manis jangan, kêncur kabakar, cêngkèh mêntahan, lajêng kagodhog ingkang ngantos umob marambah-rambah, toyanipun kakantuna satêngahing takêran, kangge ombèn-ombèn minôngka wedangan. Sanadyan sampun saras, prayogi kalajêngakên ngombe ing sawatawis môngsa.

Jampi gatêl

Kadhas. Kadhas kudhis ingkang ngantos mrêkotok ambêngkêrok bêlak, kêdah dipun kum ing godhogan babakan carême, ingkang toyanipun ngantos mèh sat, pangêkumipun manawi taksih mangêt-mangêt, punika ingkang sampun kêtatalan namung kaping kalih kaping tigang kuman kemawon tamtu lajêng bablas saras. Nanging godhogan babakan cêrême wau kêdah kajagi sangêt sampun ngantos sandhingan samubarang bangsaning têtêdhan, amargi mawa racun ingkang sagêd adamêl pêpêjah.

Jampi sakit sêsukêr rah umbêl

Ing sadèrèngipun kasèp, lan sadèrèngipun kapitulungan dipun garap ing dhoktêr, prayogi kaombènana jampi: garut mêntah kadhêplok lan adas pulawaras, lajêng kapêrês mawi sinaring rêsik. Saombenan watawis 1 1/4 gêlas toya limrah. Pangombenipun ing wanci enjing lan sontên, adat ingkang sampun kalampahan kathah ingkang sagêd katulungan.

Tiyang sêsukêr rah umbêl punika wêdalipun asangêt rêkaos, ngantos sami anyênêng otot bayu, badan sakojur kraos anjarêm sadaya, amila prêlu dipun borèhi lan dipun tapêli, borèhipun: uwos, kêncur, manis jangan kabakar, brambang, asêm sami kapipis alus. Tapêlipun: asêm tinja pêksi (ênjêt).

Nyi Pranata.

--- 40 ---

Kamajêngan Wanita dhatêng Olah-olah

Tumraping para wanita dhatêng babagan olah-olah, punika kenging dipun wastani sampun dados wajibipun, saya manawi ngèngêti dhatêng tatacara kina, lajêng katingal bilih bab olah-olah punika pancèn dipun gêgulang wiwit alit, malah wontên lare alit ingkang kenging dipun wastani dèrèng ngumur, sampun sagêd olah-olah tuwin nindakakên kabêtahan sawatawis. Lare èstri ingkang kados makatên wau lajêng dipun wastani mugên

[Grafik]

Para murid èstri ingkang pinuju sinau olah-olah.

Sarêng wiwit ngancik kamajênganing jaman, wanita ngambah pamulangan, babagan olah-olah wau lajêng awis-awis kêsrambah, saking pun lare botên kobêr tuwin botên anggadhahi wanci ingkang dhawah wancining olah-olah. Indhaking pasinaon saya nêbihakên pawon. Wontêna ingkang tumindak, inggih namung kalamôngsa.

Nanging sajatosipun, kabêtahan olah-olah wau dangu-dangu lajêng gêsang malih, malah lajêng kenging dipun wastani pinanggih saya majêngipun, punika sagêd nitik saking ing pamulangan-pamulangan èstri wiwit ingkang andhap dumugi têngahan, sami mawi nyrambahi wulangan olah-olah.

Kajawi punika, sarêng tuwuh wontên pakêmpalaning para wanita, punika limrahipun, kala-kala para warganipun èstri maligèkakên dintên kêmpalan olah-olah, punika pinanggihipun saya langkung prayogi, awit kenging dipun wastani ingkang sami sinau wau sampun sami sangu kawruh.

Saya jêmbar malih sarêng sapunika wontên ada-adanipun nyonyah Dhatuk Tumênggung ngawontênakên wulangan babagan olah-olah warni-warni kanthi Tuwan Popok, juru madharan ingkang kathah kawruhipun warni-warni ing bab dhêdhaharan cara Eropah. Tumindaking anggêlar kawruh wau wontên ing kitha agêng-agêng, mawi ngaturi para putri tuwin putri-putri warganing pakêmpalan wanita. Dèrèng dangu nyonyah Dhatuk Tumênggung mêntas anggêlar kawruh wau wontên ing Blitar, manggèn ing sus Walandi, ngangge pirantos-pirantos gagrag Eropah, ngangge abên martega planta. Ing ngriku dipun rawuhi para putri luhur tuwin warganing pakêmpalan-pakêmpalan wanita: Budi Wanita, P.I.P.B., murid-murid Huishoudschool tuwin sanès-sanèsipun. Sasampunipun saking Blitar lajêng dhatêng Kêdhiri.

Punika satunggiling kamajêngan wanita dhatêng olah-olah.

--- 37 ---

No. 10, 10 Maart 1939, Taun X

TAMAN BOCAH

INGKANG NGÊMBANI: BU-MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CENTRUM. RÊGANE SATAUN f 1.50 KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK. LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.

PILIHÊN APIK SING ENDI.

Bocah-bocah, aku duwe badhean wujud carita. Coba badhenên, êndi sing apik kêlakuane? Sapa sing bisa mbadhe, dakganjar ... jênêng, yaiku: bocah pintêr. Dene sing ora bisa mbadhe, kêna nyuwun pirsa mênyang bapak-ibu utawa gurumu.

Caritane mangkene:

Ana batur loro padha suwita priyayi. Sing siji jênênge Manut, sijine Nurut. Si Nurut anggone suwita wis wiwit cilik, dene Si Manut nalikane kira-kira umur limang taun. Bocah loro mau padha srêgêpe, padha ngati-atine. Mulane iya padhe dene sitrêsnani bêndarane. Asihing bêndarane saya bangêt barêng pirsa, yèn bocah loro mau rukun-rukun, kêna diarani ora tau padu. Yèn nyambutgawe ora irèn. Sapa sing rampung dhisik ngrewangi kancane.

Cêkaking carita bocah loro mau nganti pirang-pirang taun anggone ndhèrèk bêndarane ora ana sawiji apa. Ing sawiji dina bêndarane olèh batur manèh. Ênom-tuwane padha karo Nurut utawa Manut, dene jênênge Bêja. Sarèhne Bêja iku anake wong ora duwe, sandhangane iya èlèk, wis amoh kabèh. Nanging dhasare pancèn bocah sênêng nyambutgawe, apadene ngrêtèn. Durung suwe olèhe ngèngèr wis bisa mapan. Ora susah didhawuhi bêndarane wis ngrêti apa kang dadi kuwajibane. Mulane iya wis bênêre, yèn ora suwe bêndarane banjur asih marang Bêja, padha asihe karo marang abdine loro mau. Bêja siparingi sandhangan anyar. Wah, brêgase. Lagi sapisan iku Bêja nganggo klambi kaya ngono.

Kocapa Si Manut, barêng wêruh yèn Bêja diasihi marang bêndarane lan diparingi panganggo anyar, banjur muring-muring: "Ndara ki kok anèh. Batur lagi dhèk êmbèn sore bae diasihi, diparingi pênganggo anyar. Aku sing wis pirang-pirang taun ora dikapak-kapakake."

Banjur matur marang bêndarane: "Ndara, panjênêngan punika kadospundi, têka botên adil makatên. Kula ingkang sampun pintên-pintên taun suwita botên dipun paringi pangangge ingkang sae. Kosok wangsulipun Bêja, sawêg pintên dintên wontên ngriki, sampun dipun paringi pangangge enggal. Sampun kula aluwung kesah kemawon saking ngriki."

Kanthi sarèh bêndarane mangsuli: "Manut! Upama sing nêsu mau Nurut mèmpêr. Marga Nurut olèhe ana ing kene wiwit cilik, dadi wis suwe bangêt. La wong Si Nurut mênêng bae, kok kowe dadi nêsu. Bênêre kowe rak malah bungah dene duwe kanca lagi sadhela panyuwitane wis ditrêsnani bêndarane. Mèlua bungah yèn kancamu nêmu bungah, mèlua susah yèn kancamu nêmu susah. Manut! ngrêtia ya. Watak mèrèn iku bakal gawe susah. Yèn kowe tansah mèri marang kabêgjaning liyan, iku kowe mêsthi tansah gawe susahing atimu dhewe. Mula ilangana mèrènmu, kowe mêsthi bakal nêmu kabungahan."

Bocah-bocah. Mung samono critaku. Saiki bêdhèkên, sapa sing apik kêlakuane!

Bu Mar.

--- 38 ---

[Grafik]

Ing Bêtawi saiki lagi usum "Wandelmars" (wong mlaku-mlaku barêngan). Ing kutha liyane kang gêdhe-gêdhe mêsthine iya mêngkono. Wong cara kang mêngkono mau ing ngêndi-êndi ana. Sataun sapisan dianakake balapan bêtah-bêtahan mlaku. Wiwitane 3 jam, banjur diundhaki 4 jam, 5 jam satêruse. Sing sapa ora mêdhot ing dalan, olèh pris.

Balapan kaya mêngkono mau ditêmênani. Wong sing dhuwur-dhuwur pangkate padha mèlu, lanang pirang-pirang, wadon iya sak sayahe. Wlandane akèh, Jawane ana, Tiong Hwane iya ora kurang. Dene sing mêsthi anane iku golongan militèr (sêrdhadhu). Lakune nèng ngarêp. Ana sing nggawa musik, sadhela-sadhela diunèkake. Banjur burine golongan liyane sing dudu militèr. Iya sok ana padvindêre barang. Mula yèn liwat ing dalan iya sêmua bangêt. Wong nonton turut pinggir pirang-pirang.

Anane balapan iku sabên taun sapisan, pindho. Nanging olèhe nggladhi sabên dina utawa sabên minggu. Dadi anggêr sêla pagawean, banjur padha gladhi mlaku-mlaku. Sabên dina diundhaki, suwene diundhaki, rikate iya diundhaki, nganti kêna diêdu. Ora diêdu dikon ngrêbut dhuwite tanggane, nanging diêdu dikon gawe kuwating awake dhewe.

Ing ênggonmu ana, cah, kumpulan "Wandelmars" mau?

Bu Mar.

--- 39 ---

SEJE BANGSA NANGING BISA RUKUN.

[Grafik]

Têpunganku ana sing ngingu kêthèk karo truwèlu. Kêthèke olèhe mènèhi sanakane. Trêwèlune olèhe njaluk tanggane. Pancèn uwong iku yèn apik karo wong liya, sanajan ora duwe dhuwit kok iya bisa duwe apa-apa.

Nalikane lagi anyar-anyaran, kêthèk karo trêwèlu mau iya padha pênthêlêng-pênthêlêngan, nanging suwe-suwe bisa rukun. Rukun bangêt kae. Ora ana bedane karo bocah-bocah, mbokmanawa malah ngungkuli. Yèn turu barêng, yèn dolanan barêng. Runtung-runtung ngalor ngidul. Iya sok jèthungan barang ki jarene. Lah yèn mangan apik bangêt, tunggal ajang, nanging gênti-gêntèn. Yèn sing siji lagi mangan, liyane ngawasake kambi ngak-nguk, ayake ngelingake: "aja kêsusu, le, mundhak kêsêlak!" Dene yèn ana sing lagi ora kêpenak, mulês wêtênge, utawa ngêlu sirahe, liyane iya nunggoni bae ora lunga-lunga, kambi sajake susah bangêt. Mêngko yèn wis mari, lah nèng kono katone olèhe padha bungah.

Rukune kewan loro mau nulari marang sing duwe, sarta iya marang anak-anake. Padha guyub rukun gawe sênênge sing padha nyawang.

BESUK MANÈH MANGSA ANAA SING NGGUGU.

Kojur: "Mêt, Mêt, aku dikandhani simbah jare dadi wong iku aja sok dahwèn, mundhak marakake tukar-padu."

Slamêt: "Pancèn mêngkono, sarta yèn diturut iya dadi lan apike."

Kojur:"Iya, ya, pancèn arêp dakèstokake."

Lagi omong-omongan mangkono Brangas têpungane cah loro mau liwat, Kojur alok-alok: "Wah, Brangas ki yèn wis macak le brêgas nganti kaya Janaka pinggir dhewe."

Brangas: "Ora pisan ora pindho kowe ki Jur, ajaa ana Slamêt sida rasan kêpêlanku."

Kojur: "Wong jirih ya ngono kuwi, lagi ana cah loro bae wis ngoplok bokonge."

Brangas: "Ora wêdi dikrubut, mung kuwi Slamêt yèn ana sing gêlut mêsthi sok dipisah, ngrêti?"

Slamêt: "Wis, wis, aja dibacut-bacutake, Ngas, mundhak ora bêcik kadadeane; kowe ya ngono, Jur, lèhmu kandha aja sok dahwèn durung garing lambemu wis koktrajang dhewe."

Saikin, Bandung.

WULANGAN NGGAMBAR.

[Grafik]

Wiwit saiki, sabên 14 dina sapisan, ing "Taman Bocah" diwènèhi wulangan nggambar, mèn sathithik-sathithik kowe ngrêti carane wong nggambar. Katrangan têmbung ora prêlu nganggo. Anggêre olèhmu nyawang kok sêtitèkake bae, mêsthi banjur ngrêti karêpe (bisa nirokake). Coba padha tirokna. Dadine mêsthine pindho ping têlu, trêkadhang malah luwih, nanging ora dadi apa. Dene bab kobêre, yèn ora kobêr tumuli kêna dina liya manèh. Wong gurune ora kasusu mulih, we. Ning ditirokake têmênan, ya, bocah-bocah.

--- 40 ---

BOCAH NYÊNGIT.

Si Sukris bocah ontang-anting, ora duwe sêdulur sacuwil-cuwila. Yèn duwe panganan dijaluki kancane dolan ora tau olèh. Yèn duwe dolanan aja manèh disilih, didêlêng bae ora entuk, jalaran pamikire: "Mêngko yèn ana bocah sing wêruh, ora wurung ya nêmbung nyilih." E la, kanca-kancane nganti sok padha judhêg, wong nyêngit têka dianggo lagean sabên dina, ing mangka Sukris diuja karo êmbokne. Kêrêp ditukokake dolanan, kêrêp diwènèhi panganan, kêrêp dikon ngrewangi icip-icip ana pawon.

Nuju ing sawijining dina êmbokne arêp mênyang pasar. Sukris gêlêm kèri ana ngomah yèn dicêpaki wajik sapiring lan mêngko diolèh-olèhi salak, jambu karo gêthuk lindri. Êmbokne nuruti pênjaluke. Barêng êmbokne wis mangkat, Sukris enggal njupuk wajike sing ana ing piring, disèlèhake lèh ana ing meja, banjur mapan linggih srêg. Lêngêne klambine dicancutake, banjur wiwit ... hahêm-hahêm.

Ing nalika iku kancane dolan padha têka, jêdhul, jêdhul, arêp ngampiri Sukris diajak kasti.

Barêng mak brêbêt, nambumambu. wajik, bocah-bocah banjur padha grêg, mandhêg. Ilate padha ngigêl, idune padha ngutuk. Wuwuh-wuwuh barêng mripate wêruh sang abang-abang klimis sing diêmploki Sukris lendam-lèndèm iku. Wadhuh, wêtênge tanpa nganggo uluk salam banjur kluruk: "cukurukuk-kuk, kuk, kuk"; nantang wajik mau. Bocah-bocah padhe kewuhan. Wêtênge, ilate nêsêg bae anggone ngajak mbek-mbekan karo si wajik, nanging cangkême ora ana sing wani cumuwit, sabab yèn mêngko krungu Si Sukris, bisa uga diprekik karo bocahe, lawange banjur ditutup, krêkêp. Lo, rak eman-eman bangêt ngono!

Ora suwe bocah-bocah padha nêmu akal. Adate Si Sukris sok lali yèn dionggrong. Ana bocah siji sing ujug-ujug nyêdhaki Sukris, karo ngêthuprus ngalêm: "Wah, Kris, balanganmu bal dhèk wingi sore kae pancèn ampuh tênan. Ora ana sing kuwat nadhahi."

Sukris gêdhe atine nganti ndomblong, lali olèhe mangan, lali nyêngite, nênging emane têka mêksa isih lali karo kancane, tandhane ora banjur nawani.l

Nalika iku wajik sing digêgêm sêdhela bae wis dadi bal. Sukris banjur arêp mamèrake anggone pintêr nyawat. Kancane sing mungup-mungup cêdhak lawang dibalang, bêr. Nanging bocahe prayitna, bal wajik ditampani cêk, karo muni: 'Vang."

Bocah-bocah liyane iya padha dibalangi Sukris, nanging mêksa vang-vang bae, nganti wajike êntèk.

Pak Is.

PAKABARAN LAN MANGSULI LAYANG.

Sutrie Andarsien, Sarang, Lasêm. Pamujiku, muga-muga kowe enggala mari babarpisan, aja mung tansah laranên bae. Karanganmu uga wis dak tampa, kêtrima bangêt. Potrèt aku durung bisa mènèhi.

Siti Fatimah, Jogja. Layangmu, kang nandhakake sênêngmu maca Taman Bocah, wis daktampa kanthi bungahing ati. Sukur dene kowe duwe karêp arêp mèlu ngisèni Taman Bocah ngiras kanggo sinau. Ananging upama karanganmu ora kapacak, iya aja banjur gêla, nanging malah nyrêmpêng gawe manèh.

Rèhning karangan sing kok kirimake isih kurang apik, mula ora kapacak, pamujiku, muga-muga kowe aja banjur mutung.

Tasirih, Rêmbang. Karanganmu wis daktampa, kêtrima bangêt. Yèn ana ênggon, mbokmanawa kapacak.

Suparyah, Madiun. Aku bungah bangêt, dene kanca-kancamu Sumarti lan Sumartin mèlu dadi kêponakane Bu Mar, muga-muga lêstaria aja nganti bosên. Kêpriye sêkolahmu saiki ana ing Madiun. Apa kowe wis krasan. Anaa ngêndi-êndi kae, anggêre tabêri sarta bêcik karo kanca-kancamu, mêsthi sênênge.

Endang Sukêsi, Siti Sundari, Sutanti, Alimah, Sri Ruwiyatmi. Supadmi, Sudarmo, Widodo, Sudaryo, Sarjono, Abdul Rahri, Rachman, Sujono, Sayono, Sewandono, Suhaji, Sulistiyo Martadi, Wiratmo, Sudarno lan Wihartono, Solo.

Layangmu ngajak têpungan wis daktampani, kanthi sênênging ati. Dadi pêndhak dina Slasa kowe padha kadhawuhan Pak Guru maca Taman Bocah, wah mendah rêmêne, manawa pinuju diwacakake ana ngarêp klas, sarta kang pinuju kang lucu-lucu kae.

Apa Wihartono anggone lara wis saras babar pisan? Sukur yèn wis.

Tuan Wiryosudirjo, Guru P.G.C.H.I.S. Solo. Matur nuwun sangêt, dene panjênêngan sagah nglêrêsakên tuwin ngintunakên karangan-karangan gadhahanipun para kêpenakan-kêpenakan kula, inggih punika murid panjênêngan.

Abd. Suwali, Taman Siswa. Kowe aja kêliru tampa Suwali, Bu Mar ora bakal mbedakake kêponakane siji karo sijine. Dumèh kowe murid T.S., banjur Bu Mar ora gêlêm ngaku kêponakan. O, ora mêngkono Suwali. Olèhe ora tau ana wangsulan marang murid T.S. kuwi ora sabab Bu Mar ora gêlêm nganggêp, mung marga pancèn durung ana murid T.S. sing nglayangi nyang Bu Mar.

Dene pêrkara layangmu lawas ora dakwangsuli, kuwi jalaran saka akèhe layang. Kowe mêsthine rak ngêrti dhewe. Saulihe Bu Mar saka rumah sakit, wah kèhe layang sing durung diwangsuli pirang-pirang, mulane sing padha sabar bae. Jarene wong sabar uwikuwi. dikasihi karo Gusti Allah.

Morrodmoddod, Mojo 5A. Surabaya. Aja pisan dadi atimu, karanganmu ora dakpacak. Ah ora dadi apa, anggonmu lawas ora ngirimi layang nyang Bu Mar. Sing kudu dakpêrlokake dhisik rak iya sêkolahmu. Yèn wis rampung anggonmu sinau, la kuwi lagi ngirim layang nyang Bu Mar. Bab postzegels, o, wis kasèp anggonmu njaluk. Sabên dina tansah dijaluki para kêponakan ing Bêtawi bae. Ewadene wiwit saiki, kowe iya bakal dakngèngèhi.

S.T.N., Solo. Kowe ora susah kuwatir, êmbuh kapriye lakune, sabisa-bisa, Bu Mar bakal nêrusake anggone momong kowe kabèh. Anggêre kowe ora bosên olèhe padha maca Taman Bocah.

Kowe kok pijêr laranên bae, mbok coba yèn esuk umun-umun, ênggonên mlaku-mlaku, sabên dina mangan kacang ijo, sêlang-sêlingên karo sêga abang, yèn esuk kêkaring, mbokmanawa banjur suda.

Amirhadi Jokya. Manawa layang "mèlu susah" aku wis tampa, nanging potrète para kêponakan durung, mbokmanawa katlingsut.

Liyane, seje dina, ya, cah-cah.

Bu Mar.

[Lanjutan dari halaman sampul depan]

Jilid 8.

48. Sinuhun Kabanaran damêl gêgujêngan dhatêng wadyabala ingkang sami kawon pêrang ing Pagêlèn. 49. Ing Madura gègèr, awit saking pandamêlipun Adipati Pugêr, baris Kumpêni ing Pokak kabibarakên. 50. Ing Mataram sami kalêmpakan, Pangeran Adiwijaya katamtokakên ngêlar jajahan dhatêng Kêdhu. 51. Ing Mataram mantu Pangeran Singasari. Ingkang Sinuhun ing Surakarta nêsêg Kumpêni supados paprangan enggal kadamêl rampung, Mataram badhe kakêpang. 52. Lampahipun wadyabala Kumpêni dhatêng Mataram, tuwin paprangan ing samargi-margi.

Jilid 9.

53. Sultan Kabanaran tilar praja, ngungsi dhatêng tanah Sukawati. 54. Anyariyosakên angkatipun utusan ing Surakarta dhatêng Sukawati, tuwin paprangan alit-alit. 55. Gupêrnur Hogêndhorêp tuwin utusan ing Surakarta wontên ing Batawi. 56. Gupêrnur Hogêndhorêp kalurugakên dhatêng Bantên. 57. Sawangsulipun saking Batawi, tata-tata awit kuwatos, mêngsah têmtu pêpulih. 58. Lêlampahan ing Kêdhu ingkang nyandèkakên Sultan Kabanaran botên saèstu tindak dhatêng Mataram. 59. Pêpêrangan ing Gowong. 60. Pêpêrangan ing Pagêlèn tuwin ing Malaran.

Jilid 10.

61. Pêpêrangan ing Ungaran. 62. Pêpêrangan ing Ambal tuwin ing Jênar. 63. Ing Ungaran wontên bêbantu dhatêng saking Samarang. 64. Pêpêrangan ing Pajang saanteronipun, Kumpêni nilar Ngayogyakarta, badhe ngêmpal dhatêng Kêdhu. 65. Sunan Kabanaran wontên ing pasanggrahan Banyuurip tampi wêwadul saking bupati ing Pakalongan.

Jilid 11.

66. Sunan Kabanaran bidhal saking tanah Pagêlèn badhe nêlukakên tanah pasisir, dumugi Talagawana kèndêl masanggrahan. 67. Tumênggung Arungbinang kanthi prajurit Kumpêni ambêbujêng Pangeran Purbaya wontên ing tanah Pagêlèn. 68. Sunan Kabanaran anglajêngakên tindakipun badhe anggêcak nagari Pakalongan. 69. Sang nata ing Kabanaran badhe anggêcak Pamalang tuwin Têgal. 70. Sunan Kabanaran badhe besanan kalihan Pangeran Natakusuma. 71. Tumênggung Arungbinang kapêtêngan budi. 72. Sunan Kabanaran kondur dhatêng Mataram. Pakalongan karêbat malih dhatêng Kumpêni. 73. Tumênggung Arungbinang dipun panggihi sang rêtna ing Bulupitu. 74. Ing Mataram, ngrêmbag badhe ningkahing pangantèn.

Jilid 12.

75. Andhudhuk rêdi Tompomas, Sultan Bantên nyuwun pangayoman dhatêng Sunan Kabanaran. 76. Dipati Cêbolang ing Surabaya malik tingal mêngsah Kumpêni dipun biyantu dhatêng Sunan Kabanaran. 77. Sunan Kabanaran badhe nêlukakên tanah bang wetan. 78. Adipati Suradiningrat ing Pranaraga mêpak bala badhe mapagakên pêrangipun Pangeran Mangkunagara. 79. Sunan Kabanaran badhe rawuh dhatêng Pranaraga. 80. Pêpêrangan ing Kêdhu, Radèn Mangkuwijaya tuwin Tumênggung Jayadirja sami nêmahi tiwas mêngsah kalihan Kumpêni. 81. Para Adipati ing bang wetan sami sowan Sunan Kabanaran wontên ing Pranaraga. 82. Pangeran Mangkunagara kondur dhatêng Mataram. Sunan Kabanaran anglajêngakên tindakipun badhe anggêcak Surabaya. 83. Sunan Kabanaran masanggrahan wontên ing Kartasana, anggladhi prajurit.

Jilid 13.

84. Pêpêrangan ing Kêdhu, Pagêlèn tuwin Banyumas saanteronipun, wadyabala Kabanaran dipun biyantu Sultan Bantên. 85. Pangeran Mangkunagara rêraosan badhe malik tingal mêngsah ingkang rama Sunan Kabanaran. Pangeran Adiwijaya kapupu ing prang. 86. Prajurit Sukawati campuh kalihan prajurit Surabaya. 87. Sunan Kabanaran botên èstu anggêcak Surabaya, awit saking pambujukipun Adipati Madura. 88. Tumênggung Suradimênggala ing Jipang ambeka nyuwun dipun indhaki sabinipun. Sunan Kabanaran duka. Kyai Tumênggung kapatrapan ukum pêjah. 89. Sunan Kabanaran anggêtuni sedanipun ingkang raka Pangeran Adiwijaya lan Tumênggung Jayadirja. 90. Pangeran Mangkunagara saya rênggang kalihan ingkang rama Sunan Kabanaran.

Jilid 14.

91. Pangeran Buminata asrah pêjah gêsang dhatêng ingkang raka Sunan Kabanaran. 92. Pangeran Mangkunagara èstu pêthal kalihan ingkang rama Sunan Kabanaran, lajêng pêrang rêbatan bawah. 93. Kumpêni dipun biyantu Pangeran Mangkunagara badhe ngantêp pêrang kalihan Sunan Kabanaran. 94. Sèh Ibrahim sudagar Turki dipun saraya ing Kumpêni kapurih ngrêrapu panggalihipun Sunan Kabanaran. 95. Madiun lan Pranaraga kenging karêbat dhatêng Pangeran Mangkunagara.

Jilid 15.

96. Sunan Kabanaran kasoran prangipun kalihan ingkang putra Pangeran Mangkunagara. 97. Sunan Kabanaran kondur dhatêng Sukawati nêntrêmakên manahing para wadya. Pangeran Mangkunagara wontên ing Pranaraga miwaha ingkang paman Pangeran Purubaya, ingkang lajêng asêsilih nama Pangeran Arya Cakranagara. 98. Sultan Bantên mindha-mindha dados santri saking Gowong badhe nusul Sunan Kabanaran dhatêng ing Sukawati. Wontên ing dhukuh Rêpaking dipun pêndhêt mantu kalihan Kyai Nuriman. 99. Sunan Kabanaran nampèni sêrat saking Sèh Ibrahim. 100. Kyai Nuriman dipun gadhuhi siti Gagatan minôngka dhaharipun Sultan Bantên. 101. Sunan Kabanaran ngaturi sêrat dhatêng jendral lumantar Tuwan Sarib Bêsar inggih Sèh Ibrahim, mratelakakên sabab-sababipun dene ngantos mêdal saking nagari. 102. Lampahipun Sarip Bêsar badhe pêpanggihan kalihan Sunan Kabanaran, mawi mampir dhatêng Surakarta. 103. Pangeran Mangkunagara ngaturakên tobat dhatêng ingkang rama Sunan Kabanaran. Adipati Suryanagara kautus dhatêng Samarang ngaturakên pisungsung dhatêng jendral ing Batawi.

Wontên sambêtipun.

Wêdalan Bale Pustaka Batawi Sèntrêm

--- 0 ---

[Iklan]

--- 0 ---

Kajawèn

No. 21, 14 Maart 1939

Bale Pustaka, Batawi Sèntrêm

--- 0 ---

[Iklan]

--- 321 ---

Ôngka 21, Sla Pn, 23 Sura Je 1870, 14 Marêt 1939, Taun XIV.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Slasa lan Jumuwah

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Jumênêng Nata ing Surakarta - Bab Badhe Ngêncêngi Panindakipun Nyirnakakên (Ngicali) Sêsakit Malariyah ing Bandhung - Mr. Dr. R. Ng. Subrata Nalika Katêtêpakên Dados Bêgêr Mistêr ing Madiun - Ringkêsaning Lampah - Lucon - Layon Dalêm - Andhèrèkakên Layon Dalêm - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.

[Grafik]

[Dhandhanggula]

lir wahyuning mêmanis nêdhaki / sumiyaring warta wus warata / kang jumênêng sri pamase / Surakarta linuhung / Gusti Kangjêng Pangran Ngabèi / warta ingkang mangkana / kadi rasa sundhul / têmah nênangi pamudya / sambadaning jumênêng dalêm sang aji / ywa antuk kara-kara //

kawêdaling rasa kang kalair / yayah mangguh papan kang bawera / lêga pinanggih ing mangke / nguni sadèrèngipun / mung angandhut samaring ati / sintên kang gumantia / mawèh rangu-rangu / dupi wus kapyarsa cêtha / wutah ingkang suka sinarêng pamuji / widada dalêm nata //

--- 322 ---

Bab Kasarasan

Bab Badhe Ngêncêngi Panindakipun Nyirnakakên (Ngicali) Sêsakit Malariah ing Bandhung

Sarèhning mèh sadaya tiyang ing nagari Bandhung ingkang panggenanipun katrajang sêsakit pès, sampun lami (têtaunan) sami ngyêktosi, sabên wontên thukuling sêsakit pès ing satunggiling panggenan, nagari lajêng andamêl pranatan woningverbetering, ing ngriku lajêng thukul sêsakit malariah (bêntèrtis), ngantos têtiyang marabi (namakakên) sêsakit wau sêsakit bêntèr woning. Ingkang makatên punika, nagari pakèwêd anggènipun badhe tumindak ngicali (nyirnakakên) sêsakit malariah kalihan pès wau, pundi ingkang dipun rumiyinakên.

Sanadyan para dhoktêr sampun gadhah ancêr-ancêr sababipun thukuling sêsakit malariah sêsarêngan kalihan woningverbetering wau, nanging ing wêkdal punika dèrèng sagêd nêrangakên ingkang maton.

Ing wulan Januari 1938 nagari damêl pranatan, woningverbetering ing kitha Cicalengkah ing nagari ngriku lajêng thukul sêsakit malariah, ingkang sadèrèngipun sampun kapriksa dening Prof. Thierfelde ing kitha lan kiwa têngênipun ngriku sami botên wontên tiyang ingkang sakit malariah, sanadyan ing griya-griyanipun têtiyang wau pinanggih wontên lêmut culex, ingkang botên sagêd nularakên malariah, lêmut malariah (anopheles) inggih botên wontên. Sasampunipun dipun cakakên, woningverbetering, ing ngriku dadakan lajêng thukul sêsakit malariah saèstu.

Ing wulan Juli tiyang ingkang sakit malariah wontên 60, samangke wêwah 200, sanajan kawontênan punika kaetang botên kathah tiyang ingkang katrajang sêsakit punika, nanging priyantun B.B. tuwin D.V.G., kêdah prayitna anggènipun ngêcakakên woningverbetering wau. Sanalika têtiyang ing dhusun ngriku enggal sami dipun jampèni ngantos sami saras, namung kantun tiyang 30 ingkang sakit.

Nitik kawontênan sadèrèngipun nagari damêl pranatan woningverbetering botên wontên sêsakit malariah, nanging sarêng griya-griya dipun bibrah dipun dandosi lajêng thukul sêsakit wau, punika ingkang dados pamanahipun para dhoktêr, awit sampun kadadosan ing Jawi Têngah 4-5 taun kapêngkêr thukulipun sêsakit malariah asêsarêngan kalihan woningverbetering wau anggêgirisi sangêt, tuwin kathah ingkang lajêng tiwas.

Kawontênanipun sêsakit malariah ing Cicalengkah punika botên nguwatosakên, awit tiyang 200 ingkang sakit pinanggih tertiana 96%, tropica 4%. Saking papriksanipun Prof. Thierfelder ing griya-griya ingkang sadèrèngipun dipun bibrah, ing salêbêting griya-griya wau pinanggih namung wontên lêmutipun culex, nanging sarêng griya-griya wau sampun dipun dandosi dipun bibrah dipun tata, ing nglêbêt griya-griya punika lajêng pinanggih wontên lêmutipun malariah (anopheles).

Sanajan para dhoktêr dèrèng sagêd nêrangakên sababipun [sa...]

--- 323 ---

[...babipun] ingkang lêrês bab thukuling sêsakit wau, nanging sampun cêtha, yèn thukulipun sêsakit malariah punika sêsarêngan kalihan ambibrah utawi andandosi griya-griya wau.

Nagari tatag anjagi panulakipun sêsakit malariah.

Sanadyan sêsakit malariah ing bawah Bandhung wau botên ambêbayani, residhèn ugi anggalih prêlu ngawontênakên pajagèn kangge nanggulangi sêsakit pès tuwin malariah punika. Residhèn ngawontênakên parêpatan, ngaturi para priyantun dhoktêr, pangagêng Pestbestrijdingsdienst 5, dhoktêr sanèsipun 3, asistèn residhèn. Ingkang jumênêng pangarsa residhèn ing Priyangan.

Pangarsa pitakèn: punapa parêpatan nimbang prêlu woningverbetering dipun ajêngakên kangge pananggulangipun thukuling sêsakit pès, dipun lajêngakên ing Ujungbrung lan ing Rancaèkèk (Bandhung). Gèk ing ngriku mangke sagêd thukul sêsakit malariah, awit ing nagari Bandhung salami-laminipun botên wontên tiyang ingkang sakit malariah, manawi wontên tiyang sakit malariah bêktan saking sanès panggenan, upami nagari Bandhung sampun kalêbêtan utawi katularan sêsakit punika, salajêngipun sêsakit wau dados manggèn ing ngriku botên sagêd ical.

Ing parêpatan lajêng tuwuh pitakenan, punapa sêsakit pès ing bawah Bandhung ingkang namung kantun sakêdhik, botên cêkap dipun tanggulangi sarana vaccin Otten kemawon, tanpa woningverbetering, prêlunipun sampun ngantos sêsakit malariah sagêd thukul angômbra-ômbra. Badhe kasambêtan.

R. Sumadirja, Ind. Arts. Sêmarang.

[Iklan]

Wara-wara

Ngaturi uninga dhatêng sanggyaning para lêngganan sawatawis dintên êngkas, administrasi badhe ngintunakên bêlangko poswisêl, minôngka panagihan arta lêngganan tumrap kuwartal II ing ngajêng punika. Sintên ingkang rumaos botên nunggak, botên prêlu maringakên wangsul bêlangko wau.

Saking panyuwunipun administrasi:

a. panyêratipun asma utawi nomêring lêngganan ingkang cêtha, miturut adrèsban.

b. prakawis ingkang botên gandhèng kalihan administrasi, kados ta: pitakenan bab dintên utawi pananggalan Jawi gathukipun kalihan pananggalan Walandi, sarta sanès-sanèsipun ingkang kêdah dipun ayahi dening rêdhaksi, punika sampun ngantos dipun sêrat wontên sêtruking poswisêl. Awit adamêl susah tur botên badhe dipun wangsuli. Manawi prêlu kenging pitakèn dhatêng rêdhaksi ngangge sêrat piyambak.

Administrasi.

--- 324 ---

Mr. Dr. R. Ng. Subrata nalika Katêtêpakên Dados Bêrgêr Mistêr ing Madiun

[Grafik]

Dintên malêm Rêbo kapêngkêr, Mr. Dr. R. Ng. Subrata kakêpyakakên têtêp dados bêrgêr mistêr ing gêmintê Madiun. Sawêg sapisan punika wontên priyantun Jawi kaangkat dados bêrgêr mistêr. Nalika kakêpyakakên, kathah para agêng, gupêrnur, residhèn, bupati, warga propinsi, ingkang sami anjênêngi. Rêsèpsi sagêdhagan punika nama agêng-agêngan sayêktos, pantês dados pèngêtan wontên ing babad kamajênganipun bôngsa pribumi. Jêr punika dados bukti ingkang cêtha, yèn pamarentah sampun wiwit angakêni manawi bôngsa pribumi punika inggih sagah, sagêd sarta cakêp nindakakên pangkat ingkang gawat-gawat.

Jam pitu thèng, parêpatan gêmintê dipun wiwiti. Ingkang nyêpuhi Ir. Boerma wêwakil bêrgêr mistêr Madiun ing sadèrèngipun wontên ingkang katêtêpakên. Rumiyinipun sèkrêtaris maos sêrat bêslit ingkang nêrangakên yèn R. Ng. Subrata kakarsakakên ing parentah dados bêrgêr mistêr ing gêmintê Madiun. Sèkrêtaris lajêng kesah mêthuk bêrgêr mistêr enggal. Sawangsulipun ing parêpatan, sèkrêtaris wicantên: Bêrgêr mistêr Mr. Dr. R. Ng. Subrata. Sadaya [Sa...]

--- 325 ---

[...daya] ingkang wontên ing ngriku sami ngadêg kurmat.

Sasampunipun tata lênggah, Ir. Boerma mêdhar sabda, mahyakakên bingahing manah, dene Madiun pikantuk bêrgêr mistêr enggal, ingkang sakalangkung limpad ing kawruh sarta cakêp ing damêl. Panutuping sasorah nglairakên kasagahanipun ambantu ayahanipun Mr. Dr. R. Ng. Subrata. Satêlasing sêsorah, Ir. Boerma majêng masrahakên samir kalihan wicantên: Punika minôngka tôndha, yèn panjênêngan sampun katêtêpakên dados bêrgêr mistêr ing Madiun.

Para warganing gêmintê saking golongan partè pulitik warni-warni, sami sêsorah, wosipun inggih sami ngalêmbana, nglairakên bingahing manah sarta sagah ambantu padamêlanipun bêrgêr mistêr enggal. Pamêdhar sabda sanèsipun, ingkang wigatos piyambak, panjênênganipun Tuwan Gupêrnur Van der Plas. Kajawi nglairakên bingahing panggalih, ugi ngandika yèn pangalamanipun R. Ng. Subrata wontên ing kalangan dhesèntralisasi kenging kangge tanggêlan ing bab cakêpipun nindakakên ayahaning bêrgêr mistêr ing Madiun.

--- 326 ---

Raos Jawi

Ringkêsaning Lampah

[Dhandhanggula]

Nora gampang wong angrêksa pikir / yèn pikiran klèru ing pangolah / mindêng mring karêp parane / tartamtu dadya matuh (manuh) / mung marono ilinirèki / satêmah gung pituna / wuta datan wêruh / wêruh-wêruh wis mangkana / angêmohi mring kawruh kang mitayani / yèku kawruh kang nyata //

angèl manèh anjaga pakarti (lampah) / yèn tan ngrêti mring sal-usulira / kang tansah makarti kuwe / kang mandêng obahipun / tanpa uwis langgêng makarti / mula ngono kang watak / yèn sinawang lucu / wêruh mring tingkah polahnya / tan matiri yèn winruhan dadi kanthi / ngambah mring kasunyatan //

budi sabar sarèh mêmengini / anging priye sabar iku apa / yèn tan wruh sangkan parane / nadyan wus tuwa pikun / datan bangkit sabar sayêkti / sabar iku jatinya / uwohing pangawruh / wêruh mring sabab kadadyan / kang tinêmu ala bêcik dèn wêruhi / uwohe manjing sabar //

rasa sênêng samya dèn ulati / kabèh uwong nom tanapi tuwa / marono iku parane / apa yèn sugih punjul / apa lamun drajate inggil / apa kang gung kramatnya / sajatine dudu / sênêng têntrêm thêthukulan / wohing kawruh ngrêti mring kang dèn wêruhi / rasa sênêng mardika //

santosaning ati myang sawiji / ngrêti marang wêwaton kang nyata / krasa ngrêti wêruh dhewe / wruh gêgondhelanipun / amung iku kang mitayani / yèku wêruh mring nyata / kang santosa tuhu / têtêp nyawiji tekadnya / datan kongkih nadyan dipun ming-imingi / kanikmataning swarga //

piandêle têtêp mantêp yêkti / pracaya mring dhirinya pribadya / sabab wêruh nyata dhewe / tan sambat liyanipun / krasa ngrêti wêruh pribadi / saya nandhês wruhira / santosaning laku / tan kongkih mring liyanira / sabab ngrêti yèn liyane iku mêsthi / barang kang winêruhan //

Ingkang sagêd damêl sênêng lan têntrêm kawruh ingkang mitadosi.

nadyan luhur kalokèng rat yêkti / mangrèh praja sugih rajabrana / nging candhala bêbudène / tan wruh tindak rahayu / tanpa guna datanpa aji / wit ajining sujanma / yêktinira dudu / nèng barang lêlakonira / nging kawruhe tuhu kang dèn aji-aji / kang bangkit bengkas karya //

nadyan papa asor ingkang wijil / nanging bangkit angunjara hawa / wus runtut lêbu wêtune / ênêng-êninging kalbu / wèh ayuning jagad sakalir / ampuhing pusakanya / sat sampati luhung / pêparinging Hyang Wisesa / pamunahing dur angkara satru sêkti / malaning jagad raya //

dhasar luhur mêngku drajat inggil / sugih bôndha agung kramatira / kasêmbuh sugih kawruhe / asih samèng tumuwuh / asih marang kawula alit / adil myang paramarta / wicaksana putus / bangkit ngrèh sining bawana / pantês lamun sinêmbah pinundhi-pundhi / donya têkèng ngakherat //

sumunaring sih mung tansah asih / nênuntun mring para kasangsara / wêruha mring dêdalane / dêdalan kang mrih ayu / sampurnaning gêsangirèki / padha nêmu kabêgjan / lir panuntunipun / kang wus sampurna santosa / tan kabônda mring barang kang dèn wêruhi / asih sênêng mardika //

S.A.D. Purwakêrta.

--- 327 ---

Kawruh Sawatawis

Lucon

Mirit kajênging têmbung lucon, punika asli saking lucu, dados lucon wau akajêng damêl lucu. Ngèngêti kajêngipun, lucon utawi lucu, punika manawi botên kêbêkta saking dhêdhasaripun tiyangipun lucu utawi wujudipun lucu, inggih botên lucu.

Nanging kajêngipun lucon ing ngriki, punika lucon ingkang kawrat ing sêrat, têgêsipun botên pathokan ningali saking tiyangipun, awit tiyang damêl lucon wontên ing sêrat, dèrèng tamtu manawi tiyangipun lucu, trêkadhang tiyangipun malah alus, katingal botên kadunungan ing lucu. Mila manawi ngugêmi pêpathokan dhatêng tiyangipun, lucu utawi botên punika tansah kêgèndèng dhatêng ingkang damêl.

Pasaksènipun sakêdhik mêndhêt saking wujuding Petruk ringgit wacucal, punika limrahipun sintêna kemawon ingkang ningali wujudipun, inggih sampun sagêd mastani manawi punika gêgambaranipun tiyang lucu. Saya manawi dipun cacahakên praeanipun, saya cêtha dununging lucunipun, mila manawi kalêrêsan ingkang ngucapakên, lucunipun katingal anêrusi.

Tumrap lucon wontên ing sêrat, punika pandamêlipun pancèn angèl, awit kêdah nyumêrêpi dhatêng ingkang dipun wastani lucon kasar, lucon alus, lucon pêjah, lucon lare tuwin lucon tiyang sêpuh. Mênggah pamerangipun:

Ingkang dipun wastani kasar wau lucon ingkang ngambah lekoh, utawi ingkang adhakan damêl botên rênanipun ingkang amaos.

[Grafik]

Petruk

Lucon alus punika katingalipun namung wontên ing raos, tumrapipun wontên ing ukara, adhakan namung kêsampe, ewadene sagêd adamêl gujêng, punika nama lucon ingkang botên dipun damêl. Ing ngriku raosing lucon sagêd araos gêsang.

Lucon pêjah, punika lucon ingkang ajêg, têgêsipun tiyang manawi sawêg mirêng sapisan sagêd [sa...]

--- 328 ---

[...gêd]

gumujêng kêkêl, nanging sarèhning sabên-sabên mêdal inggih kados makatên, lucunipun lajêng pinanggih pêjah. Cêthanipun kados ingkang pinanggih ing lucon têtingalan Bancak Dhoyok, punika tumrap ingkang kêtêmbe ningali, tamtu kêtaritkêtarik. ing manah, tuwin gumujêng, dene wontên tiyang gathekan kados makatên. Nanging samôngsa ningali malih, inggih kados makatên, punika lajêng nama lucon pêjah, ingkang akajêng lucon ajêg.

Lucon lare, punika lucon ingkang sagêd damêl gujênging lare, namung nyataning kajêngipun lucon ingkang cèthèk-cèthèk, têgêsipun limrah, tiyang lucu punika adamêl gujêng. Gêgambaranipun ingkang cêtha, kados luconing dhagêlan ing ringgit wacucal, punika gêring gujêngipun ingkang ningali sagêd sumrambah, lare dumugi tiyang sêpuhipun pisan.

Lucon tiyang sêpuh, punika ngosokwangsul kalihan lucon lare, têgêsipun namung sagêd damêl gujêngipun tiyang sêpuh. Kados ta ing lampahan ringgit wacucal, Nata Ngastina mundhut lêlintu kapitunan risaking taman dhatêng Nata Ngamarta, mawi nacahakên satunggal-satunggalipun karisakan. Punika wangsulanipun Nata Ngamarta: dene pêpetangan kados bakul lombok. Wangsulanipun Nata Ngamarta ingkang makatên wau, sagêd damêl gujêngipun tiyang sêpuh, tumrap lare botên karaos.

Wontên ingkang kêgolong makatên, kados ingkang kasêbut ing Sêrat Kartawiyoga wêdalan Balepustaka, nalika Radèn Pamade ngaturi wangsul dhatêng Dèwi Banowati saking pajagèn, amargi wontên pandung, punika Dèwi Banowati mangkat-mengkotmengkat-mengkot. botên karsa, saking ajrih. Ing ngriku Radèn Pamade katingal anggènipun ambanyol: hèh, wong dhasar kowe sing digolèki, ya bèn digawa sisan. Iki lo, maling, gawanên nyang omahmu. Lucon ingkang kados makatên punika kêgolong lucon tiyang sêpuh, dèrèng tamtu sagêd damêl gujênging lare.

Wontên malih ingkang lucon wau pinanggih wontên ing babagan basa, kados ingkang kasêbut ing Sêrat Witaradya anggitan Rônggawarsitan, ing kala pêranging lêlêmbat, ungêlipun:

[Girisa]

Asru sumbar mara iki ayonana / rowange / pakne èjèt atêtanya sira sapa / arane / angakua mupung durung kasangsara / badane //

sinauran iya ingsun Ki Karuwang / lung gênje / papagêna iringêna mêsthi abang / buntute / pakne èjèt gumuyu acukakan / wuwuse //

ah sirèku sugih sêmbrana bolongan / wong anèh / aranira tan lumrah nora mupakat / wong anèh / dêdolananing bocah kinarya aran / anglawèr //

aranira kang sanyata iya sapa / têmêne / winangsulan aran ingsun kang pameran / mangkene / canthing bumbung kêmbang suruh piyarsakna / darèngès //

Ukara ing ngriku kêtingal sampun araos lucu, dene ngêsing lucunipun yêktos pinanggih ing wêkasan piyambak, dene mawi wangsulan, canthing bumbung angsal dening piyarsa, kajêngipun: rungokna (piyarsakna), kêmbang suruh angsal dening darèngès, inggih dêrèngès wau namanipun. Cêthanipun: rungokna, jênêngku darèngès.

Andharan punika sanadyan dèrèng paja-paja anyêkapi, kados kenging kangge ulur-ulur, ngukur utawi mawas dhatêng kajênging lucon ing sêrat-sêrat.

--- 329 ---

Layon Dalêm

[Grafik]

Saking kathahing gambar-gambar layon dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana, ing Kajawèn ngriki taksih ngêwrat gambar-gambar wau.

Gambar-gambar punika kadamêl nalika layon dalêm dumugi ing Imagiri. Gambar nginggil, punika nalika layon dalêm dumugi capuri kadhaton. Têtiyang kathah ingkang sami ningali, punika wontên sajawining puri kadhaton, sasampunipun dumugi ngriku botên kenging lajêng, kajawi para abdi dalêm ingkang anggantung lampah mangangge prajuritan utawi mangangge jangkêp kados tatanipun tiyang malêbêt ing kadhaton. Dununging pasarean wontên pucaking rêdi Imagiri, saha ing ngriku dipun wastani kadhaton dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping X, ugi wontên ingkang nyêkak Pakubuwanan X.

[Grafik]

Gapuraning kadhaton katingal munggul ing sisih têngên, papan lowahan ingkang dipun temboki mubêng, punika dipun wastani papan pasowanan. Ingkang kacêtha ing gambar, layon dalêm nalika kabêkta minggah dhatêng pasarean dalêm. Pasarean dalêm wontên ing sisih kiwa.

Gambar ing ngandhap, nalika layon dalêm dumugi sukuning rêdi Imagiri. Ing ngriku katingal ombyaking para pandhèrèk saking Surakarta tuwin Ngayogyakarta, saya dangu saya katingal anggèning sêk-sêkan.

--- 330 ---

Andhèrèkakên Layon Dalêm

III

Garèng: Ora, Truk, ana ing pondhokan, kowe kok nganti kaya raja kêcil, prabot kaprabone wong sowan mênyang kraton, ana klambi atelah irêng, kêris, timang jlebrah, makutha blangkon, pating tlêpèk têka dhewe, kuwi apa pancèn wis sadhiyan, apa bangsane sewan, apa silihan.

Petruk: Iyah, kaya ngono kok diucik-ucik. Upama aku muni sadhiyan, lambemu ngisor mêsthi kok plêcokake sanalika. Yèn barang sewan, aku ora wani nrajang, mundhak kêdosan ngêcèh-êcèh dudu amale. Yèn barang silihan, aku mêsthi êmoh nganggo, mundhak mirangake sing ngutus aku.

Garèng: Apa pêparinging dewa Suralaya, Truk.

Petruk: Saiki dewa-dewa wis padha pènsiun, ora bisa maringi apa-apa. Bênêre bae mangkene, Kang Garèng. Rèhne aku niyat arêp tuku panganggo Jawa dhinês, sing kêna dianggo sowan-sowan yèn ana gawe parigawe, amrih bêcike awakku arêp takcoba nganggo panganggo dhinês, patut apa ora. Yèn mung daksawang dhewe, ora bisa wêruh patut lan orane. Mulane panganggo kuwi têrus dakjajal, dakanggo kloyongan nganti têlung dina têlung bêngi, tak sêmantakake wong akèh, ana ing Sala, Jogja, Kuthagêdhe, nganti têkan Imagiri. Prêlune wong-wong bèn padha anggêsin patut bangêt utawa ora patut bangêt.

Garèng: Iya iya, wis nyandhak aku. Besuk yèn ana iksamên pokrul pring pêtung kowe tak lêbokake, mêsthi mak blus ngono bae, jalaran wis paitan baut nguntir-untir têmbung. Wis, saiki tutugna lèngsêngmu.

Petruk: Iya ... Kula sampun magemangangge. cara abdi dalêm jagabaya ing dhusun, namung kaot botên mawi slempang. Sêpatu thiyèt-thiyèt, sampun kula bucal, gantos sêpatu bêktan paringipun ingkang kuwaos. Topi barselonah kula bucal, gantos udhêng mit-mitan mantaraman, mawi jebehan mlèphès, mondholan apindha pongge. Cêkak aos, anggèn kula macak ngayang batin. Namung anèhipun, sarêng kula mangangge cara priyantun makatên, mak cêpêpês ... wahyu kajurnalisan ingkang sêndat-sêndut wontên êmbun-êmbunan kula, ical mamprung. Kula lajêng kangslupan wahyuning ratu kêthoprak.

Garèng: Sêtop dhisik Truk, olèhmu lèngsêng kuwi ana ing ngarêp para priyayi, aja dlodak-dlodok sêmbrana.

Petruk: Ora dlodak-dlodok Kang Garèng. Omongku barès, apa anane. Nalika aku manganggo dhinês cara priyayi kuwi, rasane atiku pancèn kaya ratu kêthoprak, mung kacèk ora pupuran. Wong sing dadi uprol kuwi lumrahe mumpuni mênyang wiramaning gêndhing karo jogèd. Tandang-tanduke sarwa manut wirama, anjangkah ping têlu papat tiba kêthuk, mengo ngiwa tiba kênong, mlaku manèh jêgidhêg-jêdhêg ... gong. Olèhku mlaku karo rada pacak gulu

--- 331 ---

sanajan rupaku mèmpêr wadyabalane Prabu Ramawijaya kang unyik dhewe, iya mêksa ambagusi, apês amblêbês duwe anggêp jambe sinigar karo para uprol-uprol wayang wong kraton Ngayogya, sing dadi ojating ngakèh.

Garèng: E, takarani jambe sinigar karo uprol wayang kraton, sing nganggo kathok abang, yèn mêtoni nlusup ana ing wêtêng buron alas kae.

Petruk: Wis Kang Garèng, bab panganggo ora prêlu dakandharake ana ing lèngsêngan, saiki taktutugne anggonku kojah ... wanci jam sadasa dalu, klakson motoripun kônca kula sampun nyuwara hauwak-hauwak wontên ing ngajêng pondhokan. Ing suwau kula inggih ragi kuwatos, motor ingkang dipun sewa kônca kula punika gèk motor taksi pêkênan ingkang sampun pating glodhag lampahipun, pating crowèl cètipun. Manawi taksih awon-awonan, iba kucêm kula. Manawi kangge andhèrèkakên layon, lajêng sêtaking wontên margi, mendah iba wirang kula. Raos kuwatos punika kêrêp dados sandhunganing ngagêsang, mila kula bucal sakal, cara ngèlmu bêjanipun kula manji swarga tatag. Kajêng kula têrus kula liling, kula sawang kemawon. Manawi badhe nêdha: patut-patute, liripun rèhning magangan jurnalis patut-patute mangkene, mangkene, lajêng kula lokakên, lah lah lah lah, hara banjur kapriye ... lah rak ming kaya ngono ta. Yèn wis kaya ngono banjur kapriye, ... kajêng kula têrus badhe mulur, lajêng kula pêngkêrêdakên sarta kula larasakên kalihan kakiyatan kula. Raosing manah nekad tatag têmênan. Kula mêdal saking griya, motor sampun mapan, astagapirlah, motoripun sêtrimlain, cèt klawu gilap, sanajan alit sampun mèmpêr motoripun tuwan pabrik, saya sarêng sopiripun mêdal, katingal mrabot kados sopir Oteva ing Batawi, manah kula ambêdhodhog agêng, nanging sami sanalika ... mrêbês mili.

Garèng: Nyêla dhisik, Truk. Nunggang motor apik bangêt ngono kok mrêbês mili.

Petruk: Olèhku mrêbês mili kuwi marga kèlingan rèkêninge. Montor kaya ngono kuwi sewane mêsthi ngurêpake kêndhil têmênan.

Garèng: Nanging prajane, Truk. Kêndhil anjêngkêlit, ora dadi ngapa, waton ketok gagah garang dialêm wong akèh. Karomanèh, nèk pêdhot sangumu, aja kuwatir. Poto tusêtèlmu titipna ana panhis sadhela.

Petruk: Iyah, kaya ngono kuwi rak antêpe wong nèk ngajak ora omah. Aku iki ala-ala jurnalis, gunêmku ana ing layang kabar patut-patute, kudu laras têmênan karo uripku. Yèn karanganku ana ing layang kabar galik-galik [ga...]

--- 332 ---

[...lik-galik] tur mingklik-mingklik, môngka praktike nata adêging uripe dhewe bae nganti disirik karo tukang potang, kêgawa saka ambêlinge, ocèhku mêsthi mung dipadhakake karo gêmbroting gajah kang mêtu ing buntut.

Garèng: Omongmu kuwi pancèn ana bênêre Truk. Wong saiki-iki lumrahe padha anjaluk bukti. Karomanèh yèn ana wong duwe panêmu kang gêgayutan karo laku, têgêse yèn ana wong duwe teori, iya kudu wis bisa nindakake dhewe. Malah saiki ing Ngayoja jarene arêp ana layang kabar sing isine anjingglêng tindak-tanduke para panuntun. Nèk ana panuntun sing kalakuane sulaya karo gunême, arêp dikorèksi. Cêkake wong-wong sing duwe panêmu kudu wis bisa nglakoni têmênan. Kaya ngono kuwi aku mupakat êmbahning mupakat.

Petruk: Yèn aku ora mupakat putuning ora mupakat.

Garèng: Aja sêmbrana, Truk. Aku rak mung ngêgongi panêmumu.

Petruk: Olèhmu ngêgongi klèru, pancène lagi kênong pindho, wis kokêgongi jênggar-jênggur, kaya wong nyoba gong anyar. Kang Garèng aja mung anggêbyah uyah, anggêr wong duwe panêmu utawa ngèlmu kok kudokake nglakoni kaya unining panêmu utawa ngèlmune. Prakara kuwi kudu silah-silah, mawa-mawa babe. Yèn gunême gêgayutan karo bab bêciking kalakuwan, bab kabatinan, bab adêging urip, bab lakuning agama, wong kang duwe rêmbug utawa duwe panêmu, patut-patute iya kudu bisa nindakake dhewe.

Garèng: Barêng kok wolak-walik ngono aku malah bingung.

Petruk: Gênahe mangkene, Kang Garèng. Aku kowe kudu bisa ginau ambedakake: wong ... karo ... panêmune. Sing padha dakpindêng, ôngka siji: panêmune. Bab manungsane mangsah bodhoh. Panêmu sing bêcik lan bênêr, sanajan mêncungule saka wong alaning ala, rèmèhing rèmèh, iya têtêp isih bênêr lan bêcik. Panêmu kang ambalasar, sanajan mêtune saka wong kang apiking apik, tur sugih titêl jèntrèk-jèntrèk nganti anjugagake tukang sètêr, utawa mêtu saka wong kang sugih dhiplomah nganti pating tlècèk kae, panêmune iya têtêp amblasar. Dadi prayogane, aku kowe kudu wani nyilihake, manungsa-manungsa, panêmu-panêmu. Yèn arêp anggugu panêmune wong liya, sing dilimbang-limbang panêmune, aja wonge sing diincêr, dipetani kalakuane, utawa didêlêng gagah orane.

Garèng: Nanging Truk, yèn kowe arêp jajan wedang, têka andadak incêng-incêng nyawang sing dodol, nyonyès apa ora. Yèn nyènyès, têrus, yèn kurang nyonyès, bali. Lèrège karo panêmumu, pancène kowe iya kudu ginau ambedakake, wedang -wedang- sing dodol - sing dodol.

Petruk: Kuwi seje. Kowe ora kêna cawe-cawe. Olèhku nyawang sing dodol, kanggo anjaga kawarasan. Yèn sing dodol rêsik, wedange mêsthi rêsike.

Garèng: E, wong kuwi mula iya uwong têmênan. Lèrèn dhisik, Truk, mundhak kêbacut-bacut.

--- 333 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès)

TANAH NGRIKI.

Mèngêti swarga Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana tuwin Tuwan De Hoog. Kala tanggal 6 wulan punika, Gedelegeerden Raad Kawula ngawontênakên parêpatan, ingkang dipun rawuhi ing Vice-Voorzitter Raad India. Ingriku pangarsa Raad Kawula Tuwan Van Helsdingen amèngêti suwarga Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana, amêdharakên sabda, jumênêng dalêm suwarga Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana dangunipun 45 taun. Kala surud dalêm ngaturakên telegram konjuk Gusti Kangjêng Ratu Hêmas tuwin dhatêng B.K.P.H. Hadiwijoyo. Dene tumrap Tuwan De Hoog mèngêti kala ing taun 1924 dados warga Raad Kawula, kathah lêlabêtanipun.

Congres Musyawaratut-thalibin. Benjing tanggal 29 April dumugi tanggal 4 Mèi ngajêng punika, pakêmpalan Musyawaratut-thalibin ngawontênakên congres ingkang kaping 5 manggèn ing Kandangan (Borneo).

[Iklan]

Pasantrèn luhur ing Surakarta. Benjing wiwit wulan Augustus ngajêng punika ing Surakarta kawontênakên bikakan pamulangan Islam Têngahan, ingkang dipun adani dening comite pasantrèn luhur. Pamulangan punika minangka onderbow tumrap pamulangan luhur Islam. Lamining sinau ing pamulangan têngahan wau 3 taun. Ingkang katampèn lare wêdalan saking Mulo utawi ingkang dipun samèkakên.

Pindhahan dhoktêr. Tuwan Sajimin, tijd. wd. Gouv. Ind. Arts. Ing pakaryan kasarasan, katêtêpakên dados Gouv. Ind. Arts ing Bêtawi, wiwit wulan Maart punika katêtêpakên manggèn ing Kabupatèn Krawang. R. Sarjono Dhanudibroto, asistèn ing pamulangan luhur kadhoktêran, katêtêpakên nindakakên padamêlan Gouv. Arts Provincie Jawi Têngah.

Residhèn Pakalongan kèndêl. Miturut wartos praja, wiwit benjing tanggal 31 Juli 1939, awit saking panyuwunipun piyambak, Tuwan J.A.H. van Leeuwen, Residhèn Pakalongan, kèndêl, kanthi angsal dhawuh tarimakasih saking parentah.

Botên saèstu kawontênakên sêpur dalu. Rancangan ing bab badhe wontênipun sêpur dalu Bêtawi-Sêmarang, botên saèstu, kasumênèkakên rumiyin.

Polikliniek dalu. Ing C.B.Z. Bêtawi mêntas wiwit ambikak polikliniek wanci dalu tumrap sêsakit rêgêd, pambikakipun dipun sarirani dening pangagêng pakaryan kasarasan. Ing bab wontêning sêsakit punika, awit saking pamawasipun Prof. Verbunt, pancèn katingal mindhak.

Ringgit tiyang salêbêting karaton. Benjing kalêrês dhawahing salapanipun pangantèn agung ing Ngayogyakarta, ing salêbêting karaton badhe kawontênakên lêlangên ringgit tiyang, lampahanipun Prêgiwa-Prêgiwati.

Ama gajah. Adspirant-controleur Kolonisatiedienst kanthi hoofdagent veldpolitie ing Tanjungkarang bidhal dhatêng papan paboyongan têtiyang pangajaran ing Way Sekampong, pêrlu badhe nanggulangi gajah ingkang ngrêrisak tanêman ingriku. Ingriku wontên gajah 2 dhatêng ing sacêlakipun Metro, kithanipun papan paboyongan ing Sukadana. Golongan gajah ingkang nêmpuh, punika sagêd nêlasakên tanêman pantun 80 bau ing dalêm 24 jam. Ingriku lajêng kawontênakên tindak ngesahakên gajah wau saking ngriku. Dèrèng dangu inggih mêntas wontên gajah ingkang kenging dipun pêjahi wontên ing Tanjungan kidul.

Nyêgah wontêning pêpêtêng babagan arta. Gêgayutan kalihan wontêning bupati-bupati kêtingal anggèning botên cêkap kabêtahanipun, parentah anggalih badhe nyêgah ing bab punika. Ing salajêngipun para bupati botên kaparêngakên nyêpêng arta utawi nitipriksa ing bab babagan arta. Ingkang kathah pinanggih gêgayutanipun kalihan arta dhusun. Tumrap Cirêbon anggadhahi arta pêkên pintên-pintên atus èwu rupiyah. Sadaya wau badhe kawontênakên juru paniti saking parentah piyambak.

Faculteit Letteren en Wijsbegeerte. Secretaris Departement Pangajaran Dr. I.J. Brugmans, tampi dhawuh supados ngawontênakên papriksan babagan badhe wontênipun faculteit Letteren en Wijsbegeerte saha salajêngipun sagêd tumindak dipun lêbêti ing para sinau.

Ama walang sangit. Ing laladan kalurahan dhusun Nglêngking, bawah Kaondêran Minggir, Ngayogya, kathah tanêman pantun ingkang kêtrajang ama walang sangit. Ama walang sangit wau panêdhanipun ngingsêp pantun ingkang taksih isi toya. Salajêngipun pantun wau lajêng kothong. Ingkang makatên punika para tani ingriku sami ambêtahakên pitulungan saking ingkang wajib.

Rajapêjah ingkang sampun 5 taun kawiyak. Sampun 5 taunan ing Cikarang, Krawang, wontên rajapêjah ingkang ngantos sapriki sawêg angsal katrangan. Ingajêng ugi sampun nate nyêpêng tiyang nama Zyainal, nanging lajêng botên angsal katrangan ingkang langkung cêtha, saha kala samantên tiyang wau dados sêpiyunipun marsose. Ing sapunika tiyang wau kacêpêng ugi kadakwa prakawis rajapêjah ingkang sampun samantên dangunipun, katingalipun wontên katranganipun cêtha.

Nyêpêng tiyang damêl arta palsu. R. Sastranêgara, wêdana ing kitha Bogor, kanthi asistèn wêdana Ciomas, mêntas nyêpêng tiyang asli saking Kêbayoran, kadakwa damêl arta talèn palsu, jangkêp dalah sapirantosipun. Arta wau wujudipun sae, titiking awon pinanggih wontên ing pinggiran katingal anggêdabul, tuwin arta wau manawi dipun cêpêng dhatêng tangan nabêt cêmêng.

Ing Purbolinggo tuwuh sêsakit pest. Ing dhusun Ponjèn, Bobotsari, Kabupatèn Purbolinggo wontên tiyang tilar donya jalaran sakit pest. Têtiyangipun ingriku lajêng sami dipun barak wontên satêngahing sabin. Saha salajêngipun badhe anjêmbarakên woningverbetering ingkang sampun tumindak wontên ingriku.

Kathah priyantun abdi dalêm ingkang gundhul. Ing sasurud dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang minulya saha Ingkang Wicaksana, kathah abdi dalêm agêng alit ingkang lajêng wiwit gundhul, inggih punika para ingkang ingajêng dèrèng angênggèni jaman.

--- 334 ---

Kathah ingkang sami sowan dhatêng kadhaton ing Imagiri. Wiwit sumare dalêm, ngantos sapriki, ing kadhaton Imagiri tanpa kêndhat tansah kêdhatêngan têtiyang ingkang sami sowan. Ingkang sowonsowan. wau kajawi para putra sêntana dalêm, ugi para abdi dalêm ing Surakarta tuwin sanès-sanèsipun. Tumrap warganing Habipraya ingkang gadhah panyuwun badhe sowan wontên 900. Miturut wartos, ngantos dumugining 40 dintên, taksih kaparêngakên dipun sowani sintên kemawon, waton tumindakipun nêtêpi tatanan tuwin kadosdene tatacaranipun malêbêt kêdhaton.

Inggah-inggahan saha ingsêran ing Jawi Wetan. M. Achmad Dimyadi, tijd. wd. adjunct-Regentschapssecretaris ing Kêdiri, dados tijd. wd. Regentschapssecretaris klas 1 ing Kêdiri. M. Munandir alias M. Munandir Mangundiprojo, ingajêng regentschapssecretaris klas 1 ing Kêdiri, dados regentschapssecretaris klas 2 ing Ponorogo, Paresidhenan Madiun, salajêngipun dados adjunct-Regentschapssecretaris ing Pasuruan, paresidhenan Kêdiri. M. Sarip, adjunct-Regentschapssecretaris ing Pasuruan, dados Regentschapssecretaris klas 2 ing Ponorogo, Paresidhenan Madiun.

Nanggulangi sêsakit malaria ing Sumatra tuwin Makasar. Awit saking kaparêngipun ingkang wajib, ing wêkdal punika badhe nindakakên pananggulang sêsakit malaria ing Medan tuwin ing Makasar, kanthi maligèkakên dhoktêr piyambak cacah 5, amargi botên sagêd namung dipun rangkêp saking Bêtawi kemawon. Padamêlan wau badhe wiwit tumindak wontên ing taun 1940.

Guru-guru pamulangan têngahan saking nagari Walandi. Awit saking panyuwunipun Depertement Pangajaran dhatêng Minister van Kolonien ing nagari Walandi, supados ing tanah ngriki dipun paringi guru-guru kangge pamulangan têngahan. Ingkang langkung pêrlu supados kaparingan guru ing babagan wiskunde 4, natuurkunde 3, scheikunde 1, guru basa Walandi 3, guru basa Jerman 2 tuwin guru basa Inggris 1. Guru-guru wau sagêda dhatêng wontên ing salêbêtipun wulan Juli ngajêng punika.

Malaria ing Bali. Jalaran saking wontêning malaria ing Bali, ing sapunika kawontênakên papriksaning dhoktêr dhatêng ingriku, ingkang kapiji Dr. J.G. Overbeek, pangajêng Malaria bestrijding ing tanah ngriki, kanthi Dr. W.J. Stoker arts ing Bali tuwin Gouvernementsarts Dr. W.M. Bonne. Wontênipun ing Bali badhe nitipriksa papan panggenan ingkang wontên sêsakitipun malaria, saha ingkang dipun anggêp pusêripun. Kathah panggenan ingkang badhe dipun dhatêngi. Kajawi punika badhe kawontênakên papriksan ugêt-ugêt tuwin lumut-lumut ing pintên-pintên panggenan. Ing sapunika pêrlu miji mantri malaria katêtêpakên manggèn ing Bali. Tumindaking pananggulang sarana ngrêsiki tambak-tambak, rawa-rawa sauruting pasisir tuwin nyêmproti lisah ing pintên-pintên panggenan.

Tiwas jalaran nêdha daging menda. Ing dhusun Sukaraja, bawah Garut, wontên tiyang 2 sami tiwas jalaran mêntas nêdha ulam menda. Miturut papriksan, menda wau anggadhahi sêsakit miltvuur. Ing salajêngipun ingriku kawontênakên suntikan kewan ingkang dipun tindakakên dhoktêr kewan ngantos tiga.

Paboyongan bangsa Eropa ing Tanjungan Kidul. Ing antawising margi saking Telokbetung dhatêng Kalianda wontên tilas kabudidayan kopi ingkang dipun suwungakên, saha lajêng kawarisakên dhatêng bangsa Eropa cacah 8, lajêng tumindak têtanèn wontên ingriku. Ing sapunika katingal sampun sami tumindak ing damêl saha andandosi margi-marginipun ingriku. Nanging jalaran ingriku punika têbih ngrika-ngriki, rêkaos sagêdipun angsal bêbau tiyang siti. Badhe andhatêngakên saking sanès panggenan, kêkathahên waragad. Pakêbonan ingriku punika amanipun gajah tuwin andhapan, sawêripun kathah. Kajawi punika wontên ama ingkang dipun wastani kutu utan, manawi nyakot araos gatêl. Têtiyang ingkang manggèn ingriku punika sênêng, sagêd angsal pambiyantu saking Landbouwvoorlichtingsdienst. Anak-anakipun ingkang sêkolah angsal pondhokan wontên R.K. missie ing Telokbetong.

Landgerecht ing Mr. Cornelis. Ing salêbêtipun wulan Maart punika, landgerecht ing Mr. Cornelis kathah sangêt prakawis. Satunggiling dintên mriksa prakawis 700, wiwit jam 7 dumugi jam 4.

EROPA.

Angsal panguwaos sumbêr lisah pèt. Miturut wartos, ministêr babagan dagêngdagang. Slowakie, nalika wontên ing Berlin nyukakakên sêrat prajanjian saha lajêng dipun tandha tangani dening Jerman, asuraos, Jerman dipun kuwaosakên tumindak ing damêl babagan lisah pèt ing Slowakie.

[Grafik]

Layonipun Paus Pius XI. Inginggil punika ngêwrat gambar pambêktanipun layon Paus Pius XI dhatêng greja Sint Pieter.

Prinses Asturie ambabar. Prinses Asturie, ingkang garwa Prins Don Juan ing Spanyol ingkang wontên ing Italie, ambabar miyos putri. Prins Don Juan punika ingkang saking kajêngipun Franco badhe kajumênêngakên nata malih wontên ing Spanyol.

NAGARI WALANDI.

Calon cadet ing nagari Walandi. Awit saking wara-waranipun minister defensie, ing salêbêtipun taun punika badhe nampèni cadet (calon mahasiswa militèr) saking tanah India cacah 59.

Anjênêngi tentoonstelling dunya. Benjing tanggal 4 Mèi ngajêng punika, Minister Steenberghe badhe anjênêngi pambikaking pavilyun praja Walandi ing tentoonstelling dunya ing New York. Kajawi punika ugi wontên wartos malih, bilih Minister Colijn ugi badhe anjênêngi pambikaking tentoonstelling wau. Minister kêkalih punika badhe nitih kapal Nieuw Amsterdam.

ASIA.

Nyukani sambutan dhatêng Tiongkok. Miturut wartos, pangagêng Inggris sampun nêtêpakên badhe nyukani sambutan arta dhatêng Tiongkok kathahipun 3.000.000 pondsterling. Anggènipun Inggris purun nyambuti wau sampun sêsambêtan kalihan rêmbag ingajêng. Arta sambutan wau badhe tumanja kangge damêl margi sêpur saking Burma dhatêng Changtu, kajawi punika ugi badhe kangge tumbas locomotief tuwin dêdamêl pêrang. Nanging wontên wartos malih bilih wartos ingkang kados makatên wau dèrèng têtêp taksih dados rêmbag wontên ing Inggris.

Campuhan ingkang sakalangkung rame. Sampun sawatawis dintên ing Hupeh-Tengah sawetan Hansui, wontên campuhan ingkang sakalangkung rame. Wontên mêngsah cacah 10.000 nêmpuh Chunghsiang sakalangkung sêrêng. Wadya nanggulangi kanthi nekat. Wontên wadya Jêpan langkung 1000 sami tiwas, nanging lajêng anglêpasi gas racun. Wadya Jêpan lajêng sagêd nêmpuh barisan Tionghoa ing Chunghsiang, ingriku dipun tanggulangi rame sangêt. Margi ing antawising Hankow kalihan Ichang pinanggih sêpên, ing salajêngipun wadya ingkang sami paprangan taksih rame sami rêbat unggul.

Tindakipun Jêpan kalihan Ruslan. Kawartosakên, ing Hsingking wontên bangsa Rus cacah 100 sampun nêmpuh wadya Mansuku ingkang jagi tapêl watês ing sacêlakipun Manchuli. Ingriku lajêng andadosakên campuhan ingkang andadosakên tiwasing wadya Rus 11. kajawi punika wontên wadya Rus kapalan narajang tapêl watês ing saêlèr Suifenjo lajêng nêmpuh wadya Mansuku ingkang jagi ingriku, saha wadya wau kêpêksa lajêng nglêpasakên sanjata. Salajêngipun tansah wontên pasulayan ingkang kados makatên. Nanging wusananipun wadya Rus angunduri.

Sang Gandhi siyam. Sampun sawatawis dintên wontên wartos bilih sang Gandhi siyam, wosipun gadhah panêdha supados Maharaja Rakyot miturutana angewahi pranatan kados panêdhanipun Sang Gandhi. Sarêng siyamipun sampun angsal 4 dintên, panêdha wau dipun turuti.

--- 335 ---

Wêwaosan

Anakipun Tarsan

Piridan saking buku karanganipun Edgar Rice Burroughs

55

Bènês: Kaya mêngkono kuwi ora gampang. Alas-alas kiwa têngên kene iki ambah-ambahane Bwana. Bwana ngrêti thêk-kliwêre wêwêngkon kene. Yèn Mariyam dakajak lunga, ora nganti limang mênit, mêsthi kêtututan.

Anson: Aja kuwatir, ngandêla, ta. Olèhku blasakan dêdagangan karo ambêburu ana ing kene wis sapuluh taun. Aku wis gonah marang anane alas kene, ora beda karo Bwana. Yèn kowe pancèn arêp ngajak Mariyam, aku saguh ngiguhake. Taktanggung, Bènês, ora-orane Bwana bisa nututi. Aku kowe mêsthi bisa slamêt têkan ing pasisir. Kapenake mangkene bae. Saiki gawea layang, karêbèn diêtêrake wongku. Surasane mangkene. Mariyam kandhanana yèn kowe kêpengin kêtêmu prêlu pamitan. Mariyam mêsthi gêlême. Nalikane wongku ngêtêrake layang, aku taknêrusake lakuku mangalor, kowe kèria ing kene, rêmbugana karo Mariyam. Aja lali, Mariyam jakên sêmayan lunga, lan kandhanana pisan, yèn sing arêp mêthuk aku. Kowe ngêntènana ana ing kene bae sadhela, banjur mangkata mangalor bêbarêngan karo wongku. Mêngko aku karo Mariyam têrus nututi lakumu. Yèn kowe sing mêthuk, bisa kêsasar-sasar, jalaran kowe durung pati jajah ana ing alas kene.

Bènês: Yèn Mariyam êmoh mèlu, kapriye.

Anson: Diantarakake dhisik sawatara dina. Mêngko aku dhewe sing ngajak lunga. Mariyam arêp dakkandhani, yèn kowe ngêntèni ana ing alas, kapengin arêp pamitan.

Bènês ngrêtos kajêngipun Anson. Manahipun mandhêkêl badhe mabêni nanging botên kawêdal, amargi rumaos saupami pabên, lajêng kalampahan pêpisahan, tamtu badhe nêmahi kasusahan, jalaran botên sumêrêp marginipun dhatêng pasisir. Mila wontênipun namung kantun nrimah mupakat.

Anson kalihan Bènês anglajêngakên lampahipun dhatêng palêrêbanipun Anson ing sisih lèr. Wontên ing margi tiyang kêkalih punika botên sami wawan ginêm, jalaran sami dene ngandhut sujana. Ing lair kados kônca tunggal lampah, nanging batosipun satru agêng-agêngan.

Ing nalika punika Korak lumampah, nusup-nusup wana, badhe dhatêng ing wana papanipun lare èstri ingkang sakalangkung cukat wau. Anggènipun dhatêng ing ngriku punika niyatipun badhe sumêrêp siyang-siyanganipun, lan badhe sumêrêp rainipun lare èstri ingkang sabrèbèt durèn kados Mariyam, ingkang sampun kawartosakên ical punika. Manahipun taksih gojag-gajêg, botên sagêd nêtêpakên Mariyam punapa sanès. Manawi nitik pawakanipun, têrang yèn Mariyam. Makatên gagasanipun Korak.

Korak nyêngkutakên lampahipun, daya-daya dumugi ing panggenan ingkang dipun tuju, wontên ing satêngahing margi, kèndêl, nolah-nolèh ngiwa nêngên, margi mirêng swaraning kapal kathah lumampah. Korak lajêng nusup ing gêgrumbulan kanthi ngatos-atos sangêt, badhe ningali têtiyang ingkang sami numpak kapal punika. Sarêng sumêrêp Morison, Korak botên pangling, yèn tiyang neneman punika ingkang sarêng kalihan lare èstri kala anu punika. Pangunandikanipun: Wong iki gênah sing barêng karo bocah wadon kae. Bocahe wadon mêsthi ana ing omahe. Bakda ngunandika makatên, Korak mancungul saking ing gêgrumbulan, têrus tut wingking salampahipun Morison sakancanipun. Gagasanipun manawi sampun dumugi ing palêrêbanipun Morison tamtu sagêd sumêrêp lare èstri ingkang cukat trangginas mèmpêr Mariyam punika.

Anson kalihan Morison botên nglêgewa manawi lampahipun dipun kodhol ing manusa kêthèk, ingkang sampun misuwur kaloka nama tukang mêmêjahi. Sadumuginipun ing palêrêban, Morison damêl sêrat dhatêng Mariyam. Dene ingkang andumugèkakên tiyangipun Anson. Tiyang ingkang ambêkta sêrat gêgancangan mangkat, ngênêr mangidul.

Korak kèndêl wontên ing sacêlaking palêrêban, tansah ngawasakên saparipolahipun Bènês. Saking pangintênipun, lare èstri ingkang dipun padosi tamtu wontên ing kemah, nanging dipun êntosi ngantos dangu, botên mêdal-mêdal, andadosakên cuwanipun, Korak rumaos kêcelik, nanging mêksa inggih nekad badhe dipun sabarakên saantawis.

--- 336 ---

Bènês anjêdhul saking kemah. Polatanipun katingal pucêt, mlampah wira-wiri wontên ing sangadhaping wit agêng. Solah-tingkahipun ngatawisi yèn salêbêting manah gorèh, kathah ingkang karaos-raosakên. Dene pun Anson eca-eca tilêman, kêmpas-kêmpus ngakêp pipa kêbak sata. Kêbulipun dipun sêrot ngantos tandhês, lajêng kasêbulakên minggah mangun gêlangan tundha-tundha. Sakêdhap-sakêdhap mèsêm, bokmanawi sampun kalêgan, rumaos badhe kadumugèn niyatipun. Sêmunipun Mariyam saya cumithak cêtha wontên ing pangangên-angênipun.

Korak mènèk wit agêng sacêlakipun Anson, mapan tilêman ngêthapêl ing pang, mripat mandêng tiyang kêkalih ingkang sami mêmêngsahan batos. Ing wanci sontên, Korak kraos luwe, angkahipun badhe pados têtêdhan rumiyin. Saking pangintênipun, tiyang kalih punika botên badhe kesah-kesah saking ing ngriku. Korak inggih taksih ngintên lare èstri ingkang dipun padosi taksih wontên ing kemah, bokmanawi sawêg ngaso margi saking sayahipun.

Ing wanci dalu, padhang rêmbulan, Mariyam angenggar-enggar manah wontên ing patamanan. Manahipun taksih anjêlu, dene Bwana kêsangêtên anggènipun adamêl wirangipun Bènês. Katundhung warasan kados anggusah sêgawon. Saya karaosakên saya anjarêm manahipun. Mariyam taksih kêlarenên mêmanahanipun, botên mangrêtos, yèn Bwana kalihan Lipê anggènipun botên purun masajakakên sabab-sababipun nundhung Morison, punika kabêkta saking pangemanipun. Bwana sampun mangrêtos, sihipun Bènês dhatêng Mariyam punika namung lêlamisan. Anggènipun gadhah melik dhatêng Mariyam, namung niyat kangge sothak-sothak katimbang nganggur. Manawi dipun gêdhag, dipun kèn ningkah sayêktos, mêsthi kipa-kipa.

Saya dangu Mariyam saya mangkêl. Kasoking katrêsnanipun dhatêng Morison saya andados. Wontên ing patamanan ngriku lumampah wongsal-wangsul, saya dangu saya bantêr. Solah-tingkahipun kados pêksi ingkang mêntas dipun lêbêtakên ing sêngkêran, kumêdah-kêdah badhe mabur. Botên dangu sumêrêp wontên sêrat amplopan, sumèlèh wontên ing pasukêtan. Mariyam kagèt, jalaran waunipun ing pasukêtan ngriku rêsik, botên wontên barang kumliwêr. Saking kumêdah-kêdahipun badhe sumêrêp isining sêrat, Mariyam dhatêng pasukêtan ngriku, kalihan nolah-nolèh ngiwa nêngên. Sawêg nolèh mangiwa, grêg anjêngginggat, sumêrêp wontên tiyang cêmêng satêngah ngkiga,ngliga. andhodhok wontên ing jawi pagêr, mripatipun plirak-plirik kados kucing cêmani badhe andêkêp tikus. Tiyang cêmêng punika, sarêng sumêrêp yèn sêratipun sampun badhe dipun pêndhêt Mariyam, lajêng mênyat ngadêg alon-alonan, wasana blas kesah tanpa tilar suwara punapa-punapa.

[Iklan]

Mariyam sampun andugi yèn sêrat punika saking Bènês. Sêrat kapêndhêt, kasuwèk amplopipun, ungêling sêrat cêkak aos: Mariyam, aku durung pati-pati lunga yèn durung pamitan kowe. Sesuk-esuk mênyanga ara-ara, ijèn bae, karêbèn tutug anggonku pamitan.

Manahipun Mariyam gêtêr sami sakala. Kêkêtêging jantung saya bantêr, rumaos bêgjaning-bêgja dene badhe sagêd kapanggih kalihan Morison malih.

Ing wana taksih pêtêng andhêdhêt, Bènês mangkat saking palêrêban badhe dhatêng ing ara-ara papan samadosanipun kalihan Mariyam. Salêrêsipun Bènês ajrih lumampah piyambak, jalaran kajawi dhasar kirang kêndêl, inggih margi sangêt ing pêtêngipun, kuwatos bokbilih kêpranggul ing kewan galak. Wontên tiyang Nègêr satunggal ingkang dipun pêksa-pêksa kapurih ngêtêrakên lampahipun. Anggènipun nêdha dipun êtêrakên punika, apawadan bokbilih kasasar-sasar wontên ing wana, jalaran marginipun pating tlusup ambingungakên. Bènês mangkat. Tiyang Nègêr lulampah dharat wontên ing ngajêng. Dene pun Korak inggih sampun tangi, tumuntên tut wingking lampahipun Bènês, mlembar-mlembar ing wit-witan.

Wanci jam sanga enjing Bènês dumugi ing ara-ara. Mariyam mèrèngdèrèng. wontên. Tiyang Nègêr ingkang ngêtêrakên, ngaso tilêman wontên ing pasukêtan. Bènês taksih numpak kapal, botên purun mandhap. Dene pun Korak kèndêl wontên ing wit agêng sacêlaking ara-ara, minggah ing pang ingkang inggil, dados sagêd ngawasakên saparipolahipun Bènês.

Ngantos sajam dangunipun Mariyam dèrèng dhatêng, Bènês katingal ambêsêngut kacuwan manahipun. Dene Korak anggènipun ngêntosi kanthi sabar, kapengin sumêrêp, punapa inggih yêktos pun Mariyam ingkang dipun êntosi Bènês punika. Badhe kasambêtan.

--- 41 ---

Nomêr 11, 14 Marêt 1939, taun IV

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta: Rr. Siti Mariyam, kawêdalakên sabên Slasa.

Sih Trêsnaning Biyung dhatêng Anak

[Dhandhanggula]

Sih trêsnaning biyung maring siwi / mêmanise tan kêni pinadha / lan katrêsnan sadayane / awit sih trêsnèng biyung / maring anak sayêkti sami / lan trêsnane priyôngga / marang jiwanipun / janma tan sagêd mindhakna / lan tan kêni ingukur pangirèng ati / nyataning trêsnanira //

Pan wus têtêp lan ginambar yêkti / nèng lêlakyan katrêsnaning rena / anèh elok lêlakone / kadi ingkang tinêmu / ing Amstêrdham nêmbe kawarti / nuju sawiji dina / kang bêbaya tuwuh / kabêsmèn gêng ngalad-alad / punang agni yayah sundhul ngawiyati / sanggyèng wisma kabrastha //

Jroning bêbaya wontên pinanggih / nyonyah lawan kang suta têtiga / nèng lotèng kang luhur dhewe / agni murub sumundhul / marga pêpêt kèbêkan sami / pitulungan tan ana / kang sagêd sumusul / saking èwêd jibêging tyas / sanalika labêt emut marang siwi / paran yèn tinegakna //

[Grafik]

Kang wanita ngungak saking nginggil / wruh sumahab iyêging pratandang / katon bêbarêngan ngawe / kinèn anjlog tumurun / tinadhahan layar tumuli / wau ing sanalika / èwêding tyas langkung / kalamun [kala...]

--- 42 ---

[...mun] tan tumuruna / yêkti sarêng sami anêmahi pati / sirna madyèng pawaka //

[Grafik]

... nèng lotèng kang luhur dhewe ...

nanging lamun tumuruna yêkti / datan tamtu mangguha raharja / yèn ana kang kari priye / ing wusana kêsundhul / panjrit saking ngandhap kapyarsi / tumuli nglakonana / salwiring pituduh / yêkti sirna yèn lumuha / sanalika bramatya muntu kuwanin / rinangkus suta tiga //

Katon ngleyang saking lotèng nginggil / binarunging jêrit sêsarêngan / gumandhul tinampan kabèh / nèng layar mandul-mandul / dyan tumurun asuka sami / biyung angrangkul suta / ingarasan urut / lan ngucap sukur ring Suksma / dhuh nak ingsun sun sukur maring Hyang Widhi / sira padha raharja //

Sanalika kang warta mratani / pan sanyata katrêsnaning biyang / mung sarwa anggawokake / upamia pinetung / sihing biyung marang ing siwi / tan petung tan wêkasan / mung ajêg lumintu / marma ing sayogyanira / para putra ngêgungna sih marang wibi / amrih bagya raharja //

Ajênging Wanita dhatêng Ebah-ebahan

Sampun sawatawis dintên, pakêmpalaning para putri warganing para priyantun pènsiunan ing Têgal ngawontênakên parêpatan, dipun rawuhi ing tamu kakung putri kirang langkung 300 kalêbêt golongan para wêwakiling pakêmpalan tuwin pèrês.

Wigatosing rêmbag, ing wêkdal punika golonganing wanita ing tanah ngriki ambêtahakên wanita bôngsa tiyang siti dados warganing rad kawula.

Sêdya ingkang makatên wau pinanggihipun wontên ing jaman sapunika kados-kados sampun cocog kalihan kalamangsanipun, botên nama nganèh-anèhi utawi botên katingal anggènipun sumêngka, awit manawi mirid kawontênan, sampun wontên raosipun kuwagang angangkati.

Ingkang makatên wau, ing parêpatan ngriku lajêng anggêlêngakên rêmbag badhe gadhah panyuwun dhatêng parentah, kaparênga nêtêpakên warga enggal wanita ing rad kawula. Saha panyuwun punika kados sampun dhawah ing wanci kaparêngakên.

Sasampunipun gêlêng, lajêng damêl mosi dhatêng: 1. Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana, 2. Rad Kawula, 3. Rad Indhia, tuwin 4. Pèrês.

Mirid kawontênaning rêmbag wau, ing sapunika saya katingal grêgêting para wanita anggèning badhe ngêmori damêl wontên ing kalangan pundi-pundi. Kasêmbadanipun tamtu saya katingal nginggahakên drajating wanita.

--- 43 ---

Sêkul Jagung

Panggarapipun

Jagung ingkang sampun sêpuh saha garing saèstu, dipun pipili. Murih rêrêgêdipun ical katapènana sakêdhap.

Sasampunipun makatên, nuntên katutu ing lumpang. Panutunipun kaangkah-angkah sampun ngantos sami ajur, namung dipun purih mlocota dhêdhakipun kemawon. Dhêdhak makatên kulit ayam ingkang ambuntêl lasing jagung. Murih katutu gampil, botên sami mancêlat, prayogi dipun curi toya sakêdhik.

Yèn dhêdhakipun sampun sami pating slikap, nuntên dipun tapèni. Makatên punika kawongsal-wangsul, ngantos dhêdhakipun ical babar pisan.

Dhêdhakipun kapisah, kenging kangge têdha ayam, kambangan utawi kapal.

Sasampunipun dipun tapèni jagung dhêplokan wau tumuntên karêndhêm ing pangaron. Dangunipun angrêndhêm kalih utawi tigang dintên tigang dalu. Saya dangu saya prayogi, kajawi ing mangke pangglêpungipun langkung gampil, raosipun, nuwun inggih langkung eca. Nanging yèn kêdangon adhakanipun sok anggônda.

Jagung kum-kuman wau, yèn sampun wayu kalih utawi tigang dintên tigang dalu, sampun kenging kadamêl, glêpung. Murih sirnaning gônda ingkang botên eca, kaêtusa rumiyin, nuntên kapususana. Lêrinipun, inggih punika toya tus-tusaning pususan ingkang awarni pêthak, yèn karsa ngadhahi, nuwun inggih wontên paedahipun. Badhe kaaturakên ing wingking.

Sasampunipun dipun pususi nuntên dipun tus malih. Yèn sampun atus, kainggahakên ing lumpang ingkang rêsik, kaglêpung. Patrapipun kados ambubuk kopi. Sasampunipun katutu sawatawis dangu, dipun pêndhêt, nuntên dipun ayaki. Makatên punika marambah-rambah, ngantos salêmbatipun. Anggènipun ngayaki ngangge ayakan warni kalih, awis tuwin kêrêp. Glêpungipun, nuwun inggih dados warni kalih, alus lan agal. Ingkang agal kapisah, namanipun mêniran utawi bêrasan. Ingkang lêmbat calon kaêdang.

Pangêdangipun:

Glêpung jagung 4 wijikan, kaêcurana toya sakêdhik, nuntên dipun inthil. Patrapipun makatên: glêpung kagêgêm antawisipun èpèk-èpèk kalih, nuntên kapusus majêng mundur. Makatên wau ngantos waradin, ngantos glêpung wau kambêtan toya sadaya, nanging sampun ngantos kêjêmèkên. Yèn galêpungipun 4 wijikan, cêkap ngangge toya 1/2 wijikan.

Sasampunipun makatên kainggahakên ing kukusan.

Yèn sampun kêkêl, kaandhapakên, nuntên katumplak ing tampah lajêng dipun jur mawi enthong, dipun ulèni. Sasampunipun makatên, kainggahakên ing kukusan malih.

Yèn sampun kêkêl kaêntas malih, lajêng dipun karu. Patrapipun: karon katumplak ing tampah, dipun lèr, nuntên dipun curi ing toya asrêp. Yèn glêpungipun 4 wijikan toyanipun cêkap 1 wijikan, punika tumrap jagung enggal.

--- 44 ---

Tumrap jagung lami, nganggenipun toya langkung kathah, tur kêdah toya bêntèr.

Sasampunipun makatên, lajêng katapungakên malih. Kaêdang ngantos samatêngipun.

Yèn badhe kadamêl sêkul wuduk utawi sêkul gurih, pangarunipun mawi santên kanil, utawi kaurab lan parudan kalapa saha sarêm sacêkapipun.

Sumardi Ciptadarana.

Bab Wawrat ingkang Palsu

Ing Kajawèn nomêr 19 wontên karanganipun Dhoktêr Radèn Sumadirja ing Sêmarang, nyariyosakên ing bab tiyang wawrat ingkang palsu. Andharan ingkang kados makatên wau, tumraping para wanita, tamtu kathah ingkang botên mangrêtos tuwin lôngka ingkang nyarirani. Nanging manawi ngèngêti katrangan saking satunggiling dhoktêr ingkang sampun paham dhatêng bab punika, andharanipun wau tamtu nyata.

Ing mangke kula kaparênga urun andharan, ing bab têmêning wawrat ingkang kados makatên wau, awêwaton badan kula piyambak, dados bab punika kenging kangge têtimbangan, tumrap Dhoktêr Radèn Sumadirja, satunggiling dhoktêr ingkang nguningani kawruhipun, dene kula ingkang ngawaki piyambak.

Ing sadèrèngipun kula ngandharakên bab lêlampahan kula punika, kula prêlu badhe pratela rumiyin, miturut katranganing dhoktêr ingkang anggarap kula kala samantên. Prêlunipun kangge anjagi raos kasamaraning para wanita, sampun ngantos kagungan panggalih amastani bilih wawrat ingkang kados makatên punika satunggiling sêsakit ingkang gampil tuwuhipun, punika botên, nyatanipun namung pinanggih ing tiyang èstri ingkang kêrêp gadhah anak (anak kathah), tur punika inggih dèrèng tamtu. Namung limrahing tuwuhipun, wontên ing tiyang èstri ingkang gadhah anak kathah. Kala kula nandhang sakit kados makatên wau, kalêrês wawrat ingkang kaping kalih wêlas.

Anggèn kula ngandharakên bab punika badhe kula wiwiti saking lêlampahan kala kula dèrèng magêpokan kalihan dhoktêr, ngantos kula pakulinan kalihan dhoktêr ingkang sangêt, inggih jalaran saking anggèn kula wawrat wau.

Ingatasing wawrat (kala punika) kula sampun botên gèt-gètên, awit sampun anglampahi ingkang kaping kalih wêlasipun. Sarêng wiwit ngandhêg, inggih ngraosakên punapa raosing tiyang ngidham.

Ing kala samantên dumugining wawrat gangsal wulan, taksih pinanggih sêgêr kasarasan (rumaos kula), kandhutan kula ajêg. Nanging sarêng nyandhak nêm wulan, kula ngêdalakên rah.

Ing kala punika kula inggih botên anglêgewa, awit kula manah botên dados punapa. Badhe kasambêtan.

Bok H.

--- 0 ---

[Iklan]

--- 0 ---

[Iklan]

--- 0 ---

Kajawèn

No 25, 28 Maart 1939

Bale Pustaka, Batawi Sèntrêm

--- 0 ---

Babad Giyanti

[Sudah ada pada Kajawen No. 20, 10 Maart 1939]

--- 385 ---

Ôngka 25, Sla Pa, 7 Sapar Je 1870, 28 Marêt 1939, Taun XIV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Slasa lan Jumuwah

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 Bêtawi Sèntrêm.

RECHTSHOOGESCHOOL

[Grafik]

Pamulangan luhur pangadilan, ingkang jênggêrêngipun prasaja, nanging isi raos luhur.

--- 386 ---

Raos Jawi

Têgêsipun Têmbung Ngibadah

Têmbung ngibadah punika sanadyan sampun cêtha, bilih têmbung Barat, nanging kêrêp kaucapakên dening bôngsa kula Jawi, ngantos mèh dados têmbung Jawi. Dene manawi kajarwakakên kalihan basa Jawi ingkang lugu, ingkang mathuk inggih punika: kumawula, ingkang têgêsipun angèstokakên ing saparentahing bandara.

Ingkang sampun kêlimrah, ingkang winastanan lampah ngibadah punika, namung lampah lêladi ing Pangeran ingkang Maha Agung, mênggah wujudipun kados ta: sêmbahyang, siyam, jakat, minggah kaji, tuwin sapanunggilanipun, nanging manawi dipun ulur utawi dipun jèrèng-jèrèng yêktos, ingkang kalêbêt lampah ngibadah ing Pangeran punika botên ngêmungakên sêmbahyang, siyam, sapiturutipun wau, awit wiyar sangêt têbanipun, utawi lèrègipun. Jêr sajatosipun ingkang nama ngibadah, punika ngèstokakên utawi mastuti ing dhawuhing Gusti ingkang Maha Kawasa. Kang môngka manawi dipun gathukakên kalihan wêwatoning agami, dhawuhing Gusti, dhumatêng para manungsa ingkang wajib kêdah dipun entokakênestokakên. punika botên ngêmungakên sêmbahyang, siyam, minggah kaji sapiturutipun wau, wangsul sadhengah lampah kautamèn, ugi dhinawahakên kêdah dipun tindakakên.

Awit saking ingkang makatên wau, ingkang kalêbêt nama lampah ngibadah punika, inggih sadaya lampah kautaman ingkang awujud punapa kemawon. Dados nindakakên sadaya kuwajibaning manungsa ing dalêm gêsang babrayan ing ngalam donya punika, yèn katujokakên (dipun niyatakên) mastuti ing dhawuhing Gusti, ugi kalêbêt lampah pangibadah. Upaminipun golongan tani, nawung kardi anggarap têgal sabinipun. Golongan kriya anggarap ing garapanipun patukangan, grêji nindakakên andondomi pangangge, priyantun pangrèh praja nindakakên ing wajibipun adamêl tata têntrêming praja, guru nindakakên mulang ing pamulanganipun umum, para golongan pulisi pados titik prakawis kapulisèn, tuwin sapiturutipun. Punika sadaya ugêr tumindakipun wau miturut ing garis (lêlêrêsan) botên nyalèwèng nindakakên ing tindak paekan, ugi kalêbêt lampah ngibadah. Mila piwulanging para sêpuh-sêpuh, manawi nindakakên samubarang lampah kautaman, wiwit tumindaking damêl, sampun kasupèn kêdah kanthi maos: bismillah, ingkang kajêngipun anuwuhakên raos bilih anggèning nawung kardi punika ngèstokakên ing dhawuhing Allah, prêlunipun supados tindakipun wau, dados lampah ngibadah, lajêng sagêd angsal paedah lair saha batos, utawi donya lan ngakherat.

Namung samantên andharan kula, mugi sampun kirang pamêngkuning para maos.

Kiyai Pacitan.

--- 387 ---

Ajênging Nagari Têtanèn tuwin Pajagèn Praja ing Gianyar

Ing Kajawèn nomêr 22 mratelakakên babadipun nagari Gianyar, ingkang raosipun sampun katingal ing bab kamajênganipun. Nanging tumraping nagari, bakuning ajêngipun punika pinanggih wontên ing têtanèn tuwin tata têntrêm. Mila ing ngriki prêlu ngandharakên ing bab punika.

[Grafik]

Wadhuk ing Temesi.

Tumrap Gianyar, ing sajumênêngipun Anak Agung Ngurah Agung, tansah ngudi kamajênganing ulah têtanèn, punapadene andandosi saening nagari. Kathah krêtêg-krêtêg alit ingkang dipun mulyakakên. Margi-margi ingkang sambêt kalihan nagari sanès sami dipun dandosi, sagêd anggampilakên sawarnining lampah. Nyantosani kawontênaning wadhuk-wadhuk, lumintu mèh sabên taun wontên ingkang dados. Ilèn-ilèn toya sagêd sumrambah dhatêng pundi-pundi. Makatên ugi yasan pasanggrahan punapadene pamulangan, tansah majêng-majêng.

Kawontênan ingkang kados makatên wau anjalari tata raharjaning praja, lare-lare sami majêng dhatêng pangajaran, sagêd anocogi kalihan jamanipun. Para tani rumaos sami gampil anggènipun ulah siti, anjalari gampiling tiyang pados pangupajiwa, pamêdalipun ngantos sagêd anyrambahi dhatêng nagari sanès. Lohing siti sampun gêgandhengan kalihan ajênging pamiyaran rajakaya, wêdaling lêmbu saking tanah ngriku ugi saya mindhak-mindhak.

Ing bab kasarasan saya katingal dipun ajêngi têtiyang ngriku (akajêng kasarasan wau ingkang gêgayutan kalihan dhoktêr), tuwin bab tiyang pitados dhatêng dhoktêr, punika sajatosipun inggih satunggiling kamajêngan, awit tiyang sumêrêp dhatêng kasarasan, nama tindak miyak pêpêtêng, sumêrêp ingkang dipun wastani padhang.

Bakunipun, ing tanah Bali punika têtiyangipun ugi sampun anggadhahi dhasar ingkang dipun wastani kasarasan, tandhanipun ing ngriku sampun ngawontênakên cara nyingkirakên têtiyang sêsakit budhug (lepra) wontên ing pasrawungan, namung tumindakipun taksih prasaja sangêt, saha katingal tiyang ingkang nandhang sakit kados makatên wau rumaos kados dipun setrakakên, namung dipun sukani gubug kapapanakên [kapapana...]

--- 388 ---

[...kên] wontên sapinggiring lèpèn utawi ing pasisir. Sasampunipun makatên, botên wontên tiyang ingkang sapa aruh malih.

Nanging sajumênêngipun Anak Agung, anggalih dhatêng kasangsaraning têtiyang ingkang kados makatên wau, saha kalampahan, sarêng ing taun 1922 sagêd ngadêgakên griya sakit ingkang maligi kangge têtiyang sakit budhug, ingkang lajêng awujud pakampungan.

Sarêng ing taun 1936 wontên kaparêngipun parentah ing Gianyar kawontênakên prajurit kadosdene barisan ing Madura utawi lesiyun Mangkunagaran, dipun wastani parayuda. Kaparêngipun parentah ingkang makatên wau kasêmbadan, kathah têtiyang ing Gianyar ingkang malêbêt parayuda. Tumrap wontêning parayuda wau, ing Gianyar lajêng dipun dêgi tangsi tuwin griya-griya militèr kados ingkang kêlimrah ing pundi-pundi.

Kawontênanipun nagari Gianyar sanadyan sampun pinanggih sae, ewadene tumraping pangagêng nagari tansah anggalih panjagining tata têntrêm ing wingking, lajêng anjêmbarakên têbaning para ulah tani dhatêng papan sanès, tuwin ngudi murih têtiyang ing ngriku majêng dhatêng pakaryan.

[Grafik]

barisipun parayuda ing Gianyar.

Samantên kamajênganipun nagari Gianyar ing wêkdal punika.

Digowok

Manawi analusur kawontênan ing padhusunan, asring mrêgoki cara utawi adat ingkang lajêng nuwuhakên raos utawi panggagas warni-warni. Cara wau asalipun namung naluri tilaraning kaki nini. Mila ingkang kathah manawi kapurih anggamblangakên punapa kajênging cara wau, ingkang mêsthi botên sagêd.

Dene jinising cara utawi adat dhusun wau upami kaimpuna, badhe kathah sangêt.

Ingkang badhe kula andharakên ing ngriki, golonganing cara utawi adat ingkang taksih sumêlip-sumêlip ing padhusunan-padhusunan bawah Banyumasan, inggih punika ingkang kawastanan: digowok.

--- 389 ---

[Iklan]

Gowok makatên namaning wowohan utawi panggenaning pêksi sarana damêl gowok ing kajêng. Dene têmbung: digowok, ing ngriki atêgês: dipun papanakên ing sênthong ingkang tanpa kontên, nanging mawi bolongan ingkang cêkap kangge ambrobos tiyang. Dados sairib gowoking pêksi, bolonganipun ciyut, nanging nglêbêtipun langkung jêmbar.

Têrangipun têmbung wau makatên: ing sawênèhing padhusunan, tumrap tiyang ingkang gadhah anak jalêr, môngka sampun môngsa birai dhatêng èstri, punika tiyang sêpuhipun wontên ingkang lajêng ngatag dhatêng anakipun wau, supados tumuntên padosa tiyang èstri. Adatipun ingkang dipun padosi wau tlèdhèk dhusun (cara Banyumasan: reyog) utawi tiyang èstri lanyahan, dhatêng dhusun pundi ing sasênêngipun. Manawi sampun pikantuk cong-congan, lajêng lapur dhatêng tiyang sêpuhipun. Ing ngriku tiyang sêpuhipun lare jalêr lajêng murugi dhatêng griyaning tiyang sêpuhipun lare èstri, nêmbung yèn anakipun èstri wau badhe kangge rowangipun anakipun jalêr. Dene rêmbagipun kadosdene caranipun tiyang badhe bêbesanan. Namung kaotipun, ing ngriku mawi ngrêmbag dangunipun anggènipun badhe dados rowang, lan caranipun barang sewan makatên, mawi nêtêpakên sapintên sewanipun utawi malih asring mawi prajanjian sanèsipun. Upami kemawon, prajanji badhe numbasakên sandhangan.

Yèn rêmbag sampun kadadosan, larenipun jalêr lajêng murugi kalihan nyukakakên punapa ingkang sampun kajanjèkakên dhatêng tiyang sèpuhipun [sèpuhipu...]

--- 390 ---

[...n] larè èstri. Salajêngipun kabêkta mantuk. Dumugi ing girya, dening tiyang sêpuhipun lare jalêr, katampi kadosdene anak mantu saèstu.

[Grafik]

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendêral (lênggah ing têngah) nalika anjênêngi konpêrènsinipun para bupati ing Jawi Têngah wontên ing Sêmarang.

Ing sadangunipun anakipun jalêr gadhah rowang èstri makatên, tiyang sêpuhipun tansah anggatosakên utawi nênitèni dhatêng tindak-tanduking anak, punapa sampun anjalêri saèstu punapa dèrèng, lan sasaminipun. Yèn gagasanipun sampun pinanggih nyatriyani, ing ngriku bapa utawi biyungipun gadhah raos marêm, dene anakipun jalêr upami ing têmbe gadhaha semah sampun botên nguciwani. Ing sadangunipun makatên, manggènipun anak jalêr lan ingkang èstri wau, wontên ing sênthong kados ingkang kula aturakên ing ngajêng, ingkang lumêbêtipun sarana ambrobos bolongan, kadosdene pêksi lumêbêt ing gowokipun. Inggih patrap makatên wau ingkang dipun wastani: digowok. Dumugi têlasing wêkdal kasêbut ing prajanjian, lare èstri wau kawangsulakên dhatêng griyanipun sarta mawi kapasrahakên dhatêng tiyang sêpuhipun punapa.

Cara ingkang makatên wau gathukipun kalihan jaman samangke, mêsthi katêtêpakên: cara utawi adat ingkang asor. Nanging ta wajib suka sukur ing Pangeran, dene wontênipun samangke sampun lôngka sangêt, paribasan: dlêmok cung. Sarta wontêna, mêksa angèl panggrayangipun ingkang mêlok. Beda kalihan jaman ingkang sampun mêngkêr, prasasat, blak-blakan utawi malih tumrap ingkang nglampahi kaanggêp satunggiling kabrêgasan.

W.H.S. Mrêtasari Wetan.

--- 391 ---

Pawartos Sajawining Praja

Kajawèn ingkang kêpêngkêr, sampun martosakên kawontênan sajawining praja, ing ngriki ngêwrat gambar-gambaripun ingkang gandhèng kalihan pawartos wau.

[Grafik]

Hertog Alba wakil pamarentah Franco ing Sêpanyol ingkang sampun dipun akêni dening Inggris, wontên ing Londhên.

[Grafik]

Têtiyang èstri bôngsa Roethenie mangangge kabangsan.

[Grafik]

Dr. Benesj, tilas presidhèn Tsjecho-Slowakije nalika dumugi ing Chicago (Amerikah) badhe mêdhar sabda wontên ing pamulangan luhur ngriku.

[Grafik]

Goering nalika badhe dhatêng gêdhong ministêr babagan gêgana. Dipun garubyug ing para agêng.

--- 392 ---

Rawa Pêning tuwin ing Sakiwatêngênipun

Rawa Pêning punika dumunung ing bawah Ondêr Dhistrik Banyubiru, kalêbêt wêwêngkon kawêdanan ing Bahrawa.

Mênggah wiyaripun kintên-kintên wontên 4 km pasagi, toyanipun ajêg agung akimplah-kimplah anglam-lami.

Nanging kauningana, nalika nagari dèrèng angadani panangkaran punapadene pamisayan ulam (Binnen Visscherij) toyaning Rawa Pêning, ingkang kados makatên asrinipun wau, ingkang kathah prasasat mèh ical sipatipun, jalaran kêbak têtuwuhan thêthukulan uwit bengok tuwin dhêdhapuraning uwit prumpung. Mila ingkang uninga kala samantên, têmtu botên ngintên, bilih ing Rawa Pêning wau kêbak toya ingkang kimplah-kimplah, tuwin sêsawangan ingkang adiluhung, utawi nama papan ingkang sarwa nêngsêmakên.

Mênggah ingkang kawastanan uwit bengok, ingkang andhèr saha kumambang ing toya, ngantos ngômbra-ômbra ing nginggil wau, limrahipun kawastanan gundha wewean, inggih eca katêdha. Malah tumrap sadhèrèk ing Rawa Pêning, godhong bengok wau, kaanggêp rambanan ingkang munpangati, sami kangge kuluban, utawi jêjangananing pêcêl. Malah ingkang nama doyan tuwin kulina, asring kangge lalab nêdha (mêntahan), kacariyos, dayanipun ambancarakên turas, nanging tumrap tiyang ingkang botên kulina, manawi tumut nêdha, anggatêli.

Wondene ingkang kawastanan prumpung punika, sairib kados dhêdhapuraning uwit galagah, utawi glonggong. Nanging uwitipun ragi atos, tur sêmu wulêt.

Ing Rawa Pêning punika, nalika taksih rungkut, dados têbaning pêksi, abayak-bayak, sami lumban ing toya. Ingkang kathah pêksi maliwis, utawi pêksi yamyaman, mila kawastanan makatên, awit wujudipun, punapadene pun ulês, mèmpêr kalayan ayam, ingkang ulêsipun lurik kêmiri. Wondene ulaming pêksi yamyaman wau, ecanipun yèn pinanggang, mênggah nyamlêngipun ugi botên prabeda lan raosing panggang ayam, ulaming pêksi yamyaman wau, kala samantên ingkang kathah sami kasade wontên ing pêkên Losari Sawahan, Bahrawa. Limrahipun wontên ing pêkên wau, sampun sami kasundukan ing sujèn, malah sawatawis, sampun kaalub-aluban latu, prêlunipun amrih kiyat, botên enggal mambêt. Mila ing Rawa Pêning punika, ing kala samantên, kajawi wontên pamêdaling ulam êloh, ugi nama dados pamisayan pêksi.

Pasitèn ing sapinggiring Rawa Pêning punika, kenging kawastanan, siti ingkang sakalangkung dalu (êmpuk utawi êmbut), amargi tansah kaêroban, utawi tampi lubèraning toya saking rawa, wujudipun ngantos bêbasan: kados bubur.

Ewadene, manawi kamanah mêksa agêng brêkatipun, kacêtha anggèning botên nate maluwa, tuwin kaebrakakên, katiga rêndhêng tansah isi têtanêman pantun. Badhe kasambêtan.

Pak Wira, Kêbumèn.

--- 393 ---

Bab Kasusastran

Basa Banyumas

Sambêtipun Kajawèn nomêr 15

Têmbung: Banyumas -- Têmbung: Wetan -- Têgês utawi panganggènipun ing ukara

Pedahe -- Sarèhne, (dupèh) -- Pedahe rosa, mara kiye diangkat kuwat apa ora. Pedahe rosa unggal, (sabên) bocah disèng (dijak) gêlut.

Pèndhèkèn -- Pèndhèke, cêkake -- ...

Pisan -- Bangêt -- Gêdhe pisan

Poran -- Cibèn -- Têmbung ingkang têgêsipun sami: kêmèn, bigèn, jidhor, joran

Poyan -- Sêmayan -- garêp ngana ora poyan dhingin ya ora bisa kêtêmu

Pocok -- ... -- Bêrah ambêkta (mikul) pantun

Ponto -- Pèyèk -- Kêponto udan dadi ora tèyèng mulih. Toko mungmungan (andhèwèki) mulane montokakên

Pongkor -- ... -- Bumbung alit ingkang kangge nadhahi lêgèn (sajêng of badhèg)

Ploposan -- Umuk -- Bocah ploposan, jere kêndêl, mau ora wani mulih dhèwèk

Pangpung -- ... -- pang garing-agêng

Puyêng -- Mumêt -- ...

Puyingên -- Lêlaranên -- Bocah puyingên, ora ana warase

Pêcal -- Sawah -- ...

Pêgu -- ... -- Stotteren

Pêndèl -- Palualit -- ...

Padangan -- Pawon -- Griya panggenan adang, ugi kawastanan dhapur

Pêdirèn -- Irèn -- Dikon nyamat bae padha pêdirèn.

Dhapur -- Pawon -- ...

Dhandhêng -- Ngulandara -- ...

Dhandhang -- ... -- houweel

Dhèndhèt -- Mrèmèn -- Bêdhahe dhèndhèt-dhèndhèt

Dhorang -- ... -- Nyumbang lêbar damêl

Dholog -- Rindhêk -- ...

Dhundhang -- Jodhang -- ...

Jan -- Nyata -- Jan jêmpol

Jalèr -- ... -- Panganggenipun ing rimbag bawa ka.

Jangur -- ... -- Nieuwsgierig, bocah koh anjangur bae basa ana wong tuwa kandhah (omong-omongan)

Jere -- Jarene -- ...

Jidhig -- Tikus -- ...

Jrinjing -- Nyênyêngit -- ...

Jobong -- Rombong -- Kranjang kaanam rapêt

Jugur -- Anggêjêjêr -- Ditakoni koh jugur bae

Junjang -- Jithungan -- ...

Junjang of junjang kawat -- Prabot desa -- Lurah saandhahanipun

Juku -- Anu -- ...

Jêdhil -- Ambêdhol kacang -- ...

Jêngkok -- Dhingklik -- ...

Yoni -- Sawab, brêkah -- Duwe dulur priyayi nunut yoni.

Inyong wong sêring dhèrèk mau ya kêyonèn, olih ênggon kêpenak.

Badhe kasambêtan.

Wiryasudaya, Susukan.

--- 394 ---

Ngirit Arta, Andum Têdha

Garèng: Ora, ma, kowe kuwi sabên dina kok ênak-ênik ngêlus-elus kertu ajêgan. Kuwi pèi apa kaopik. Nèk kesukên, lah kok dhewekan, tomprange ora ketok.

Petruk: Kowe ora ngrêti, Kang Garèng. Rama kuwi rak lagi thothit dulit karo Kyaine Samparangin sing ambaurêksa ringin kawak kae. Èmpêre, rama lagi anggulung lampit, tandhane ulate ketok sumringah.

Garèng: Dhuwite kok ora ketok, Truk.

Petruk: Dhuwit dhêmit, môngsa ketoka, ketoka pisan, aku kowe iya ora bisa ngrêti. Ngrêtia pisan, iya ora bisa nganggo. Lah wong main cara dhêmit kok.

Sêmar: Dèn bèi dèn bèine iki, anggêr padha pating klithih mrene, atiku mêsthi banjur gorèh, ora bisa kênthêl. Jalaran mêsthi mung nglurug padon.

Garèng: Truk, awake dhewe iki mau rak ora kêpethuk ula, ta. Kok elok têmên têka srog disuguh ujar.

Sêmar: Tuwamu samono apa ora ngrêti. Olèhku ênak-ênik bakulan iki, rak mrihatinake anak putu.

Petruk: E, himinasaitonirojim, dadi rama iki mau lagi ngêpal lakon kang arêp padha takambah iki.

Garèng: Andadak nganggo diêpal karo diêpos barang kuwi prêlune apa. Bêja-bêjane bangêt iya ming bèn diarani kinacèk, dene bisa mêthèk utawa mêca. Nèk wis bisa mêca, apa ana pokile manèh sing murakabi wong akèh.

Petruk: E, Kang Garèng, tiyang kok ma-sa.

Sêmar: Lah, lidok, rak ming arêp mainan wong tuwa, ta.

Petruk: Ora, ma, miturut pal-palanmu, taun-taun ngarêp iki, bangsane dhewe kapriye, ma.

Sêmar: Miturut unining krêtu iki, bangsane dhewe bakal padha isis.

Garèng: Kaya mêngkono kuwi rak êpal mêngêng, ma. Maksude têmbung isis warna-warna. Ana isis kapenak, ana isis rêkasa.

Sêmar: Nèk nitik telake, isise ora kaya dhèk jaman murah dhuwit, dhèk kowe padha ombyong-ombyongan kaya Menak Kuncrèt kae. Isise kaya wong kêsêntor lesus, yèn jêroane waras-waras, isis anglêr. Yèn jêroane kurang waras, bisa kêbacut plêmbung anginên.

Garèng: Iyah, udhang-udhêng iya isih citramêngêng, ma.

Petruk: Omonge rama kuwi pancèn wis bênêr. Kabèh ing lêlakon kang durung kêlakon, ora ana sing têrang bulan. Kabèh mêsthi nganggo

--- 395 ---

taklèk citramêngêng. Yèn kêpikir, Kang Garèng, sapa wonge sing duwe pangira yèn nagara Cekoslowakiyah ilang saka Eropah, dibêdhagal sarta dipothèng-pothèng warasan, môngka sing padha tèkên prajangjian ing Munschen dhèk anu kae, wong têmênan, tur iya pêngpêngan têmênan, patut digugu lan diandêl têmênan kae, ewasamono barêng kêpêngkok ing pôncabaya, ubayane ambalenjani.

[Grafik]

Sêmar: Mulane ing bab apa bae kudu ditampani kanthi kaprayitnan. Bêbasane ana, Rèng, yatna yuwana, lena kêna, sing ngati-ati slamêt, sing sêmbrana kojur.

Garèng: Dadi yèn ngono, ma, nitik lêlakon ing donya saiki iki, aku kowe ora kêna andêl-andêlên. Sadurunge ngandêl karo pracaya, kudu dikèkêr dhisik. Ambalèni bab pal-palanmu mau, ma. Miturut krêtumu, bangsane dhewe bakal padha isis. Isise isis citramêngêng, têgêse bisa isis kêpenak, bisa uga isis ora kapenak. Taklèke, anggêr wong kabèh padha waras-waras jêroane, isis kapenak. Pal-palanmu arêp takcocogake karo telaking lêlakon sing bakal kêlakon iki. Nanging sadurunge nocogake, têrangna dhisik, apa sing kok arani: waras-waras jêroane kuwi. Apa wong-wong kabèh kok kudokake dadi: insanul kamil.

Sêmar: Insanul kamil utawa wong sampurna, kuwi lôngka bangêt anane. Karomanèh, prakara kuwi dudu rêmbuge wong sing arêp urip, rêmbuge wong sing arêp mati. Pal-palanku iki prakara donya, prakara panguripan sing isis. Waras-waras jêroane, karêpku: waras jiwane.

Petruk: Dadi karêpmu, ma, bangsane dhewe iki bisane isis kapenak, kudu padha ngapikake ati. Apa bangsane dhewe iki isih kurang olèhe padha: ati baik. Apa isih kurang, ma, olèhe ngèstokake: wani ngalah luhur wêkasane, tumungkula yèn dipun dukani, bapang dèn simpangi, ana catur mungkur.

Garèng: Iya, ma, apa durung notog olèhku padha ngèstokake Wedhatama:

--- 396 ---

iyalila. lamun kelangan nora gêgêtun, trima yèn kêtaman, sak sêrik samèng dumadi, tri lêgawa nalôngsa pasrah bathara.

Sêmar: Sarèh, ta, sarèh dèn bèi. Pitutur kaya mêngkono kuwi takanggêp pitutur kêcubung. Yèn mung sathithik, kêna kanggo tômba lara untu. Yèn kakèhên, marahi mêndêm. Môngka yèn wis kêbacut mêndêm, banjur: hati baik bangêt, budi luhur bangêt, turon ana ing blêthokan, rumôngsa ana ing kasur pir-piran. Nganggo klambi pating sluwir, rumôngsa nganggo ôntrakusuma, banjur lar-lêr bisa mabur.

Petruk: Iyah, ma, bok aja anggladrah-anggladrah. Jiwa waras, kuwi gênahe bae kapriye.

Sêmar: Jaman saiki nagara ngêndi-êndi padha mêpak gêgaman pêrang, ngrêti. Kangjêng Sri Maharaja dhawuh, kawula kabèh, sondhêr pandhang rambut, sondhêr pandhang mata, ingandikakake mêpak gêgaman batin -geestelijke en moreele herbewapening- ngrêti. Wong-wong ing kene panampane warna-warna bangêt, jalaran prakara gaman batin kuwi pancèn akèh rupane. Tumrap aku, sing daktômpa kênthosane bae. Anggêr wong kabèh wis padha waras jiwane, wis atêgês ngèstokake dhawuh dalêm -asikêp gêgaman batin. Sing jênêng jiwa waras, miturut kitab tasawup modhèrên, yèn sipating jiwa utawa batin patang prakara, yaiku: syujaah, iffah, hikmah, adalah, normal kabèh, ora lêlaranên. Dadi upama panasing uwong mono ajêg 370 C yèn luwih, lara. Kurang, ora waras. Sing diarani jiwa waras, yèn sipat patang prakara mau normal. Saiki maknane sipat mau mangkene: Syujaah -padhane cara Mlayu, bêrani karêna bênar, takut karêna salah. Iki kudu trêp. Yèn kurang aran diubus, têgêse: jirih bangêt. Yèn kêladuk, aran tahawur, têgêse: kêndêl mung waton nekad. Ora salah, didukani tumungkul bae, apa-apa mung nuninggih, kuwi bôngsa lêlara, diubus, salah, disrêngêni nekad mangsuli, kuwi bangsane lara tahawur. Iffah -sipat bisa ngrêksa ajining dhiri. Yèn kaladuk anggone ngrêksa kaluhuraning dhiri, dadi umuk-umukan, sêsongaran, obrol-obrolan, adigung adiguna, ambêg gêdhag-gêdhig, jubriya kibir. Yèn kurang, uripe ajêg mêrêm-mêlik, ajêg ngilani awake dhewe, ora ngandêl awake dhewe. Apa-apa mupus ... lêgawa nalôngsa pasrah bathara. Hikmah -prigêl lan ngrêti marang pangalamaning ngaurip. Yèn kêprigêlên utawi kêngrêtènên, dadi lancang, wêruh lêlakon apa-apa banjur bingung, ora têtêg. Yèn kurang, dadi amblêg, nekad êmoh wêruh, lan sapêpadhane. Adallah = sipat adil. Nèk kêladuk, dadi ambêg siya, sawênang-wênang. Yèn kurang dadi: pilih sih, ngolèh-olèhake awake utawa sanake dhewe ènsopurt.

Garèng: Jiwa sing waras, sipate patang bab mau kudu normal, ma.

Sêmar: Anggêr gêgamaning batin -jiwa waras- kuwi padha ditata têmênan, têmênan kae lo, tanahe dhewe mêsthi isis kapenak. Wis, samene dhisik.

Garèng: Iya, ma, suk êmbèn tasawufmu arêp tak cocogake karo praktike.

--- 397 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès)

TANAH NGRIKI

Conferentiening para bupati ing Jawi Kilèn. Benjing tanggal 1 wulan April ngajêng punika kalêrês Conferentiening para bupati ing Jawi Kilèn manggèn ing Bogor. Rancangan rêmbag ingriku sami kados ingkang karêmbag wontên ing Jawi Wetan tuwin Jawi Têngah, punapadene ing bab rêmbag kamajênganêing kaislaman tuwin babagan economie. Adviseur Inlandsche Zaken badhe tumut Conferentie.

Indhaking jiwa bangsa Eropa. Tumrap bangsa Eropa ing Bêtawi indhaking jiwanipun kapetang kathah. Wiwit kala taun 1930 dumuginipun sapunika indhakipun wontên 10.000, kapetang Bêtawi tuwin Mr. Cornelis. Ing salêbêtipun wulan Februari kêpêngkêr kemawon indhakipun wontên 216.

Lêgiun Pakualaman. Wiwit sapunika sampun wontên têtiyang ingkang gadhah panyuwun malêbêt dados prajurit. Sarèhning bab punika dèrèng wontên dhawuh ingkang têtêp, para ingkang gadhah panyuwun wau sawêg kacathêt namanipun, nanging mawi ancêr-ancêr ingkang kaparêng malêbêt wau kêdah apêsipun wêdalan pamulangan angka kalih, badhe mawi papriksan dhoktêr.

Kapal Empress of Brittain labuh ing Tanjungpriok. Kapal ingkang namanipun kapratelakakên punika sampun dumugi ing Tanjungpriok, ambêkta para andon lêlana cacah 180. Dumuginipun ingriku punika pêrlu mêndhêt lisah tuwin toya. Salajêngipun anglajêngakên layaran malih.

Inggah-inggahan ing Jawi Têngah. R.M. Sumitro Kusumo Utoyo, asistèn wêdana ing Grabag, dhistrik Kutoarjo, Kabupatèn Purwirêjo,Purworêjo. dados wêdana ing Kragan, Kabupatèn Rêmbang, Paresidhenan Japara-Rêmbang. M. Mohamad Suko, bestuurshoofdschrijver asistèn wêdana Undakan, dhistrik tuwin Kabupatèn Kudus, dados mantri pulisi Paresidhenan Japara-Rêmbang. M. Supardi, bestuurshoofdschrijver wêdana Banjarharjo, Kabupatèn Brêbês, Paresidhenan Pêkalongan, dados mantri pulisi Paresidhenan Pêkalongan.

Inggah-inggahan ing Jawi Wetan. R. Tejokusumo, asistèn wêdana klas 2 Paresidhenan Madura, dados aistèn wêdana ing paresidhenan ngriku, minggah rangipun.

Ingsêr-ingsêran guru. Tuwan Suhud, kêpala guru ing Kabupatèn Blora, dados kêpala guru Kabupatèn Kêndal, manggèn ing Boja.

Pamulangan dagang têngahan ing Surabaya. Miturut katrangan saking Departement Pangajaran, wiwit benjing tanggal 1 Augustus ngajêng punika ing Surabaya badhe dipun wontêni pamulangan Dagang Têngahan Gupêrmènt. Dados wiwit tumindak pangajaran taun 1939/1940. Murid ingkang katampèn malêbêt mriku, ingkang anggadhahi diploma Mulo A utawi B, janji angsalipun diploma wau wontên ing taun 1938 tuwin taun 1939. Tumrap ingkang anggadhahi diploma A kêdah anggadhahi sêrat katrangan saking directeur pamulangan Mulo ingkang dipun lêbêti ingkang kantun piyambak, ingkang nêrangakên bilih lare wau badhe sagêd nyêkapi sinau wontên ing pamulangan dagang têngahan punika. Tumrap para ingkang namung badhe mirêngakên, punika ingkang anggadhahi diploma H.B.S. tigang taun ingkang angsal subsidie utawi diploma H.B.S. botên angsal subsidie ingkang dipun samèkakên kalihan pamulangan wau. Nanging katampènipun wau gumantung saking karampunganing directeur pamulangan Dagang Têngahan, miturut angka-angkaning diploma. Panêdhanipun malêbêt supados kakintunakên dhatêng Rector Gouvernements Lyceum ing Surabaya, kasèp-kasèpipun wontên ing tanggal 15 Juli ngajêng punika. Directeur wau inggih badhe suka katrangan ing bab pamulangan wau.

Commissie panacah jiwa badhe papriksa dhatêng tanah sabrang. Pangarsaning commissie panacah jiwa badhe papriksa dhatêng Banjarmasin, Balikpapan, Donggala, Mênado, Têrnate, Ambon, Makasar tuwin Bali. Pêrlu badhe mranata ing bab tumindaking panacah jiwa benjing taun 1940.

Pindhahan upsir. M.R.A. 1e luitenant 15e batalyon inf. Ing Bandung, kapindhah dhatêng subscistentenkader Proefafdeeling vechtwagen, ugi ing Bandung.

[Iklan]

Matêsi lêbêting bangsa ngamanca. Ing sapunika wontên dhawuh, lêbêting bangsa ngamanca dhatêng tanah ngriki ing dalêm sataun 12.000 jiwa. Nanging kala taun kêpêngkêr, kêlangkungan 900 jiwa.

Pambayaran Nirom tuwin bayaran sêkolah. Pangagênging pakaryan post martosakên, bilih wiwit wulan April ngajêng punika arta pambayaran Nirom tuwin arta bayaran sêkolah, kenging dipun bayar ingkang kasèp-kasèpipun wontên ing tanggal 8 ing sabên wulan dhatêng kantor post. Ingajêng manawi dumugi tanggal 5 botên ambayar, dipun dhêndha. Nanging manawi tanggal 8 wau dhawah wontên ing dintên Ngahad utawi dintên liburan, pambayaripun kengngkenging. enjingipun malih, botên kadhêndha. Dene manawi arta wau botên dipun bayar dumugi dintên titimangsanipun, badhe dipun tagih dhatêng griya, nanging namung sapisan, ingajêng kaping kalih.

Pamulangan Mulo enggal ing Bandung. Jalaran tansah saya mindhak-mindhak cacahing murid ingkang malêbêt dhatêng pamulangan Mulo ing Bandung, ing sapunika badhe dipun wêwahi malih satunggal wontên ing Hamersweg, tumapakipun kintên-kintên wontên ing taun 1940. Ing sapunika ing Bandung sampun wontên Pamulangan Mulo Gupêrmèn kalih.

Kridobudoyo. Ing Klatèn wontên adêgan nunggilakên padagangan nama Kridobudoyo. Sêdyaning pakêmpalan punika badhe anjêmbarakên têbaning padagangan warni-warni wêdalan ing Klatèn, kados ta barang warni-warni bangsaning singat. Kridobudoyo lajêng sêsambêtan kalihan Werk-Centrale "Sumirat", supados sagêd saya jêmbar.

Ringgitan tiyang ing Karaton Ngayogya. Kados ingkang sampun nate kawartosakên, dhawahing dintên salapanan pangantèn agung ing Ngayogyakarta, ing karaton kawontênakên paargyan têtingalan ringgit tiyang. Bab punika sampun kalampahan. Kala punika tamu ingkang malêbêt dhatêng karaton, Gupernur Orie saking Surakarta, Gupernur Bijleveld, ing Ngayogya, Jendral Ilgen, wêwakil praja Belgie ing Tokio de Basenpiere, Lord tuwin Lady Betty.

Kawan dasa dintên surud dalêm. Benjing malêm Jumuwah taun 31 Maart punika kalêrês kawandasa dintên surud dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana. Ing salêbêting karaton kawontênakên wilujêngan kanthi ngaos Qur'an. Kajawi punika ing pakampungan salêbêting kitha Surakarta kathah ingkang ngawontênakên wilujêngan. Ing dintênipun Jumuwah kathah golongan ingkang sami badhe sowan jiarah dhatêng kêdhaton Imogiri.

Pasar dêrma Krido Matoyo. Miturut wartos pasar dêrma Krido Matoyo ing Sêmarang, badhe kawontênakên benjing wulan Juni ngajêng punika, manggèn ing alun-alun. Pambikakipun wontên tanggal 28 Juni.

Dr. Jokosalamun. Dr. Jokosalamun, dhoktêr partikêlir, katêtêpakên dados dhoktêr Regentschap ing Blitar, tumêpakipuntumapakipun. kapetang wiwit tanggal 28 Februari 1939.

--- 398 ---

Bestuur pakêmpalan dhoktêr untu. Ing parêpatan N.I. Mij. Terbevordering der Tandheelkunde ing Bandung mêntas ngawontênakên parêpatan milih bestuur. Ingkang kapilih: A.E.v. Hutten ing bandung, voorzitter, J.L.G.I. Rutt ing Bandung, secretaris, Dr. G. Ziegler ing Surabaya, penningmeester, J.M.v. Baarsel ing Bêtawi. Lid, A.F.J.E. Eilerst de Haan ing Bandung, lid, Dr. K.G.v. Putten ing Kêdiri, lid. Benjing congres tandheelkundig ing Australie badhe makilakên Dr. J. Eggink, tandarts, leeraar Nias ing Surabaya. Ing salajêngipun para warganing pakêmpalan wau inggih badhe malêbêt dados warganing Kankerinstituut.

Pamulangan Luhur Pangadilan. Lulus doktoral examen perangan tiga, R.M. Marsoro tuwin Giok Pwee Khouw Jr.

[Grafik]

Angsal sêsêbutan Mr. Inginggil punika ngêwrat gambaripun Tuwan Suja, notaris ingkang ngrangkêp Vendumeester ing Purwokêrto, enggal mangke sampun angsal sêsêbutan Meester ing de Rechten.

Kasêmbadaning Tuwan Suja anggèning angsal sêsêbutan Mr. wau, namung sinau kasambi kalihan nyambutdamêl, dados botên malêbêt sêkolah ing pamulangan luhur Pangadilan. Jalaran saking srêgêp lan antêping manah, wusana kalêksanan ingkang sinêdya.

Sakatèn ing Ngayogya. Kawartosakên, wiwit sêkatèn ing Ngayogyakarta wontên tanggal 25 April ngajêng punika. Ing dintên pambikakipun, Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan kaparêng badhe anjumênêngi. Kawontênaning bango-bango langkung agêng tinimbang ingkang sampun.

Guru dhugdhèng kacêpêng. Ing sakidul Ngayogya wontên guru dhugdhèng ingkang sampun dipun suyudi ing tiyang atusan. Rahayu lajêng kasumêrêpan ing asistèn wêdana P.I.D. kanthi Veldpolitie ing Bantul, tiyang ingkang dados guru wau lajêng dipun cêpêng. Sarêng dipun dangu tiyang wau ngakên nama Kridhoharjono, ing salêbêtipun griya sadaya wontên tiyangipun kirang langkung 223, sadaya sami muridipun. Têtiyang sadaya wau sami kairid dhatêng kantor asistèn wêdana ing Krètèk. Sasampunipun kapriksa, têtiyang ingkang ngakên dados murid sami dipun lilani wangsul, namung guru taksih dados papriksan.

Cursus kangge adjunct controleur post. Ing wêkdal punika pakaryan post badhe ngawontênakên cursus para neneman dados adjunct controleur pakaryan post klas 1. Cursus punika namung anampèni neneman 25 ingkang wêdalan H.B.S. 5 taun, utawi ingkang diplomanipun kasamèkakên. Tumindakipun sasampunipun wontên examen wêkasan ing wulan Juni.

Angganjar bangsa Eropa ing Bandung ingkang enggal piyambak. Kangge sarana angumbulakên drajating Vereeniging Bandung Vooruit, pakêmpalan wau nindakakên rekadaya minangka propaganda, inggih punika angganjar dhatêng bayi ingkang nêmbe lahir nama Kemff, awarni tepak salaka ingkang mawi sêratan ingkang suraosipun kaganjarakên dhatêng bangsa Eropa ing Bandung ingkang nomêr 25.000.

Masang krans ing tugu pèngêtan. Ing Krusenpark, Surabaya, mêntas kawontênakên pèngêtan masang krans wontên ing tugu pèngêtan dalêm Ibu Sori Emma, kathah para agêng ingkang sami anjênêngi.

Mèngêti adêging VOC. Gêgayutan kalihan adêging Vereenigde Oost Indische Compagnie, ing gêdhong Landsarchief ing Bêtawi, kawontênakên tentoonstelling sêrat-sêrat ingkang gêgayutan kalihan VOC wau. Kajawi punika ing gêdhong Kali Bêsar Club ugi kawontênakên paargyan amèngêti adêging VOC. Ingkang dados sêsêpuhing paargyan wau Dr. J. Schouten, rector Bataviaasch Lyceum. Ingriku mawi kawontênakên wêdhar sabda.

Mèngêti pasarean ing Grêsik. Sampun sawatawis dintên ing Grêsik wontên pêpanggihaning para warganing pakêmpalan "Pusara warga Grêsik" manggèn wontên ing pasarean Grêsik (Gapura), pêrlu amèngêti para lêluhur ingkang sumare ing Grêsik ngriku. Ingkang bupati ing Surabaya ugi rawuh tuwin para agung sanès-sanèsipun. Ing pêpanggihan ngriku kawontênakên sêsorah ing bab ingkang sami sumare ingrriku.ingriku.

Pêthi isi arta têngahan palsu. Pulisi ing Medan mêntas ambêskup pêthi lisah pèt kalih iji isi arta têngahan palsu. Pêthi wau asli kintunan saking Hongkong.

NAGARI WALANDI.

Kondur saking ngasokakên sarira. Sri Paduka Prinses Juliana tuwin Prins Bernhard sampun kondur saking ngasokakên sarira saha sampun dumugi ing Nijmegen nitih sêpur D. kathah têtiyang ingkang sami ningali wontên ing station. Para pangagêng sami mapag wontên ingriku. Salajêngipun ingkang nêmbe rawuh wau lajêng nitih auto saking Den Holder dhatêng Soestdijk. Auto dipun lampahakên ing Sri Paduka Prins Bernhard piyambak. Ingkang nunggil saauto Sri Paduka Prinses Juliana, Putri Beatrix tuwin freule Feith.

Zender wados. Sampun sawatawis dintên ing Lisse kamirêngan wontên zender wados. Nanging ingriku lajêng kasumêrêpan dening pulisi kanthi punggawa Pakaryan Radio. Radio wados wau anggènipun anggiyarakên sabên sabibaring zender umum, ing dalêm saminggu dipun tindakakên kaping kalih. Suraosing ungêl-ungêlan ingkang pinanggih ing radio wados wau, araos botên sae. Pirantos wau ingkang gadhah reclame-vlieger. Nalika kagropyok wontên tiyang 7 ingkang kêcêpêng.

Kapal motor manggih bêbaya. Kapal motor ingkang nindakakên pajagèn ing pasisir nagari Walandi nama "Brandaris" nalika wontên saêlèr mênara latu Ameland akintun tandha amanggih bêbaya, nêdha supados dipun pitulungi. Kapal motor pitulungan ingkang ugi nama Brandaris tuwin kapal van Doeksen punapadene Insulinde sami dhatêng têtulung.

EROPA.

Panêmpuh sêsarêngan ing Almeria. Kathah wadya kabangsan ingkang ngalêmpak ing Malaga ingkang nêdya badhe nêmpuh sêsarêngan dhatêng Almeria tuwin papan sanès-sanèsipun ing pundi panggenaning golongan republiek ing Spanyol sisih kidul. Golongan republiek sampun wongsal-wangsul gadhah panêdha dhatêng Burgos supados ngawontênakên rêmbag padamèn.

AFRIKA.

Daya nasi malêbêt ing Afrika. Parentah ing Afrika Kidul sumêrêp bilih daya nasi sampun malêbêt ing laladan ngriku. Ingriku lajêng kawontênakên pajagèn kêncêng, sampun ngantos praja ingriku kalêbêtan panuntun nasi saking Jerman. Awit kuwatos manawi lajêng kêdadosan kados lêlampahan ingkang pinanggih ing Eropa.

ASIA.

Wadya Jêpan nêmpuh saking gêgana. Wadya Jêpan mêntas nêmpuh Siangyang tuwin Fancheng saking gêgana, panêmpuhipun wau sakalangkung sêrêng. Wadya gêgana wau sagêd angêbroki papan wau kalih pisan, Siangyang dipun ênggèni ing motor mabur Jêpan 3, ing Fancheng motor mabur 6. Bom ingkang dipun dhawahakên ing kitha kêkalih wau kaping 200 rambahan. Rahayu têtiyangipun ingriku kathah ingkang sampun sagêd sumingkir, tiyang ingkang tiwas tuwin nandhang tatu wontên 20.

Jêpan migunakakên gas mawa racun. Miturut wartos saking Tiongkok, mratelakakên bilih wadya Jêpan ingkang nêmpuh laladan provincie Shensi, Tiongkok sisih lèr kilèn, andhawahi bom gas ingkang mawa racun. Wontên tiyang 1000 langkung ingkang nêmahi tiwas dening dayaning gas wau. Wontên tandha yêkti malih, wontên satunggiling bom gas ingkang dhawah ing sawingkinging toko jampi, têtiyangipun ingkang sami wontên ingriku sami nyêrot gas racun. Kajawi punika wontên wadya Tionghoa ingkang kêdhawahan bom gas mawa racun wau.

--- 399 ---

Wêwaosan

Anakipun Tarsan

Piridan saking buku karanganipun Edgar Rice Burroughs

59

Sadumugining têngah wana Mariyam kèngêtan kala alit-alitanipun, enggal nrancag ing wit agêng. Pangangge sarta sêpatunipun dipun bucali, jalaran makèwêdi anggènipun badhe mlembar-mlembar ing wit-witan. Sapunikanipun namung kantun kathokan kalihan rasukan kandêl kangge kêmul sarta kangge jagi-jagi sampun ngantos dhèdhèl-dhuwèl kenging êri bêbondhotan. Dèrèng ngantos têbih, Mariyam kèndêl mônggamara kados badhe lajêng, kados badhe wangsul. Anggènipun mangu-mangu punika margi kèngêtan, yèn margi ingkang badhe dipun ambah punika sakalangkung gawat, môngka namung ambêkta pistul kothongan. Upami nalika mlajêng wau mawi ngrêbat sabukipun Malbin, ingkang kêbak patrum, tamtu kenging kangge nanggulangi mêngsahipun, samôngsa katêmpuh ing singa utawi kewan galak sanèsipun.

Mariyam cêngkelak wangsul, sêdyanipun badhe mêndhêt patrumipun Malbin. Piyambakipun mangrêtos, yèn makatên punika sasat ula mara gêbug, ananging mêksa dipun têmah, amargi kamanah prêlu ngrêbat patrumipun Malbin, kangge dêdamêl wontên ing margi. Saking pangintênipun Mariyam, Malbin sampun pêjah. Anggènipun badhe mêndhêt patrum ing kemahipun Malbin, dipun angkah manawi sampun sirêp tiyang. Sadumuginipun ing wana sacêlaking palêrêban, Mariyam lajêng mapan andhêlik wontên ing wit-witan. Ing ngriku pun Mariyam angglong manahipun, dene pun Malbin sampun katingal mêdal saking ing kemah, sirahipun dipun balêbêt, lampahipun taksih ragi sênggoyoran, sajak gêtêm-gêtêm badhe malês ukum. Têtiyang Nègêr rencangipun sami dipun ujar-ujari, dipun abani supados sami sikêp dêdamêl madosi Mariyam.

Botên antawis dangu, tiyang sapalêrêban sami bidhal, ambalasak ing wana-wana. Malbin inggih botên kantun. Ing palêrêban suwung blung. Mariyam mandhap saking ing wit, ambrangkang dhatêng ing kemahipun Malbin. Dumugi ing kemah têrus ngupados wadhah patrum, nanging botên sagêd angsal. Dumadakan sumêrêp ing pojokan wontên pêthi, punika dipun kintên isi patrum. Pêthi tumuntên dipun pêndhêt, dipun bikak sarta dipun udhal-udhal isinipun. Ing pêthi punika inggih botên isi patrum, namung isi sêrat-sêrat, dlancang, tuwin guntingan koran-koran lami. Sarêng dipun biyaki, ing sêrat-sêrat wau pinanggih wontên potrèkipun alit, gambar lare èstri. Potrèt punika ing wingkingipun dipun tèmplèki gantungan koran basa Inggris. Mariyam ilang-iling ningali sêrat ing koran wau, nanging botên sagêd mangrêtos. Namung gambaripun kewan ingkang dipun tamatakên. Piyambakipun botên pangling, yèn gambar punika potrètipun piyambak ing nalika taksih lare. Ngantos dangu Mariyam dhêlêg-dhêlêg, sangêt gumuning manah. Gambar punika pêndhêtan saking pundi. Kadospundi sababipun dene dhumawah ing tanganipun Malbin. Prêlunipun punapa gambar punika kapacak wontên ing sêrat kabar. Lan ing sêratan ngriku têka wontên ingkang dipun busêk, punika punapa wêwadosipun. Mariyam bingung, botên sagêd andugi wêwadosing gambar punika wau. Pêthi dipun dhudhah malih. Ing wasana ing ngandhap piyambak pinanggih wontên dhosipun alit isi patrum. Patrum dipun pêndhêt, lajêng kalêbêtakên ing sak. Gambar potrèt taksih dipun bêkta, ngantos dangu dipun iling-ilingi, kapramanakakên sayêktos, ngantos saantawis dangunipun. Kintên-kintên antawis tigang mênit, kamirêngan swaranipun tiyang Nègêr sami wangsul dhatêng ing palêrêban ngriku. Makatên ugi swaranipun Malbin, anggènipun misuh-misuh sarta nguman-uman, inggih kamirêngan cêtha. Mariyam anjênggirat, trangginas nalusup ing motha badhe lumajêng. Nanging, ... kêtungka dhatêngipun Malbin. Badhe têrus miruda, botên sagêd, jalaran kakêpang ing tiyang kathah. Mariyam wangsul lumêbêt ing kemah. Ing nalika punika, Malbin kalihan rencangipun tiyang tiga, dhatêng ing kemah. Dene Mariyam lajêng mèpèt ing pinggir, pistulipun dipun isèni, potrètipun dipun lêbêtakên ing rasukan rangkêpan. Ing nalikanipun Malbin lumêbêt ing kemah, pun Mariyam anlusup ing motha, mêdal sarta têrus lumêbêt ing kemah alit sawingkinging kemahipun Malbin. Têtiyang Nègêr ingkang sami ngêpang, botên sami sumêrêp. Malbin sumêrêp pêthinipun dipun udhal-udhal tiyang, sangêt ing nêpsunipun. Menga-mengo kiwa têngên, botên wontên tiyang satunggal-satunggala. Rencangipun tiyang Nègêr dipun undang, dipun kèn wangsul dhatêng ing wana madosi Mariyam. Dene ingkang kapurih kantun angrêksa palêrê-

[Iklan]

--- 400 ---

ban, tiyang tiga. Ing nalika tiyang Nègêr sami ngêmpal tata-tata wontên ing ngajênging kemahipun Malbin, Mariyam lumajêng dhatêng ing pinggiring wana, têrus mènèk ing wit-witan.

Malbin sapangiringipun bidhal mangidul, lumêbêt dhatêng wana. Sarêng sampun botên katingal, Mariyam mandhap, mlampah alon-alon dhatêng ing pinggiring lèpèn. Ing ngriku wontên baita lêsung sawatawis, kacancang ing pathokan. Mariyam sampun badhe numpak, kanggêg, awit saking kuwatos bokbilih konangan tiyang Nègêr ingkang sami jagi. Manawi ngantos konangan, mêsthi katiwasan, jalaran têtiyang Nègêr sakalangkung prigêl mêlahi baita, gampil nututi baitanipun Mariyam. Sêdyanipun badhe nyabrang lèpèn dipun sarèhakên, badhe ngêntosi manawi tiyang-tiyang ing palêrêban sampun sami tilêm. Mariyam wangsul mènèk ing wit.

Botên antawis dangu, Malbin katingal wangsul saking ing kidul. Ulatipun pêtêng botên kèndêl-kèndêl anggènipun kêdumêlan amêmisuh. Sarêng sampun dumugi ing kemah, kèndêl sakêdhap, lajêng têrus dhatêng ing pinggiring lèpèn. Dumuginipun ing ngriku, ilang-iling kalihan nacahakên baitanipun, pinanggih jangkêp. Saparipolahipun Malbin dipun awasakên dening Mariyam saking katêbihan. Malbin wangsul malih dhatêng palêrêban kanthi bingah, jalaran mangrêtos, yèn Mariyam taksih wontên ing kiwa têngênipun ngriku, dèrèng nyabrang lèpèn agêng punika. Tiyang-tiyang Nègêr sadaya dipun kêmpalakên, kapurih dhatêng ing pinggiring lèpèn. Dumugi ing ngriku lajêng sami kapurih ngandhapakên baita, sadaya sami numpak baita nyabrang lèpèn. Mariyam ragi gumun, botên mangrêtos dhatêng kajêngipun Malbin, punapa badhe nyêgat ing margi punapa kadospundi.

Malbin kalihan têtiyang Nègêr sami numpak baita lêsung nungsung lèpèn. Mariyam wontên ing wit, botên kêdhèp-kêdhèp anggènipun mandêng dhatêng lampahipun Malbin wau. Baita-baita menggok ing lengkonganing lèpèn. Mariyam nolèh nyawang dhatêng ing babagan, ing ngriku sumêrêp wontên baita satunggal pêpak sawêlahipun. Ing salêbêting batos pun Mariyam ragi gumun, dene wontên baita ingkang katilar kados kasudhiyakakên. Tanpa mawi manah panjang malih, Mariyam enggal-enggal mandhap saking ing wit, murugi baita kanthi ngatos-atos sangêt.

Malbin sarêng sampun dumugi ing tikunganing lèpèn, lajêng minggir wontên ing sabranging lèpèn, tiyang-tiyangipun sadaya kapurih mêntas. Sadumugining pinggir, tiyang-tiyang kapurih têngga wontên ing ngriku, dene pun Malbin kalihan lêlurah Nègêr têrus lumêbêt ing wana, ngupados panggenan ingkang lindhuk, ingkang sakintên prayogi kangge andingkik pun Mariyam samôngsa dhatêng ing babaganing lèpèn numpak baita ingkang kapasangakên wau. Sarêng sampun angsal ingkang prayogi, Malbin katingal bingar, ing sêmu sampun amêsthèkakên, yèn akalipun badhe angsal damêl -pun Mariyam tamtu wangsul dhatêng babagan, numpak baita pasangan. Sawêg mapan badhe andingkik, lajêng ambêngok misuh-misuh, sumêrêp Mariyam sampun numpak baita, dumugi ing têngah lèpèn. Malbin kalihan lurah Nègêr enggal lumajêng dhatêng ing baitanipun, mlumpat nyêmplung ing baita. Rencangipun kapurih mêlahi baitanipun. Têtiyang Nègêr sami ngêtog karosan, nêdya badhe ngoyak baitanipun Mariyam. Baitanipun Malbin wontên ing ngajêng, lampahipun kados sawêr toya badhe nyaut mangsanipun.

Mariyam sumêrêp yèn dipun tututi baita kathah, botên ngêdhap. Anggènipun mêlahi dipun srêmpêng. Kirang sadasa mètêr dumugi ing dharatan. Nalika punika Malbin inggih sampun cêlak kalihan baitanipun Mariyam. Têtiyang Nègêr ingkang sami mêlahi dipun pisuhi, dipun taboki kapurih nyêngkakakên. Mariyam dumugi ing bambinging lèpèn têrus mancolot minggah ing wana. Malbin bingung, polahipun kados tiyang kêranjingan, bêngok-bêngok botên kantênan swaranipun. Saking muringipun, enggal-enggal mêndhêt sênjata, dipun sipatakên dhatêng pun Mariyam ingkang sampun mènèk ing wit agêng. Dhêl ... mimis lumêpas, mèh kenging sirahipun Mariyam. Sanadyan namung lêt satus mètêr, anggènipun nyanjata lêpat, jalaran ing nalika nyanjata, baitanipun numbuk bambinging lèpèn, ngontragakên panyipatipun.

Mariyam têrus anggêblas lumêbêt ing gêgrumbulan. Botên antawis dangu lampahipun dumugi ing ara-ara, sêmu-sêmunipun tilas padhusunan, tandhanipun taksih wontên tilasipun gubug sawatawis, sarta wontên têtanêmanipun. Saking pangintênipun, dhusun wau sampun suwung sayêktos, mila inggih tanpa was sumêlang, Mariyam nyidhat mêdal ing têngahing dhusun, botên mangrêtos manawi wontên mripat ingkang sami andingkik pun Mariyam saking ing gêgrumbulan tuwin ing wit-witan.

***

Ing nalika punika, Morison Bènês sampun dumugi ing sawetaning dhusun wau, watawis saêpos têbihipun. Tiyang Nègêr ingkang nêdahakên margi, polatanipun ragi katingal bêning, wicantênipun: Sapunika sampun mèh dumugi, bandara. Morison manthuk, kalihan suka sasmita kapurih anggêlak lampahipun. Badhe kasambêtan.

--- 49 ---

Nomêr 13, 28 Marêt 1939, taun IV.

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta: Rr. Siti Mariyam, kawêdalakên sabên Slasa.

Wanita Pangawak Dhukun

Manawi wanita ikangingkang. sampun mêngku bale griya dipun wastani pangawak dhukun, punika tumrapipun ing jaman sapunika tamtu kathah ingkang botên karsa, amargi ing ngriku katingal bilih padamêlan wau asor tuwin botên srêg manawi dipun têtêpakên makatên, awit mênggahing babagan kasarasan, punika sampun wontên ingkang majibi, inggih punika dhoktêr.

[Grafik]

Padhasaran jampi ing pêkên.

Pamanggih makatên punika pancèn sampun mapan sangêt, nanging manawi dipun manah panjang, inggih prayogi dipun pêndhêt têngah-têngahipun. Sanadyan babagan sakit punika botên wontên ingkang prayoginipun ngungkuli kapasrahakên ing dhoktêr, nanging ing nalika sawêg kataman, punika kêpêksa kêdah nindakakên pitulungan rumiyin kados caraning mitulungi tiyang sakit, kajawi manawi sakit ingkang kêdah kapitulungan ing dhoktêr sanalika. Upaminipun lare masuk angin, utawi lare badanipun bêntèr ing wanci dalu, punika ing sadèrèngipun kapitulungan ing dhoktêr, kêpêksa kêdah tumandang kadospundi prayoginipun, ngangkah murih icalipun anggèning mangsuk angin tuwin mêndhaning bêntèr. Awit manawi botên sagêd tumindak makatên, wontênipun tamtu namung ambêbingungi.

Ing caranipun kina, wanita punika tamtu kêtumpangan ing kawruh makatên, upaminipun nalika taksih lare, tansah dipun pardi ing tiyang sêpuh supados purun jêjampi, upaminipun, kala-kala kapurih jêjampi cabe lêmpuyang. Manawi nuju anggarapsari kapurih jêjampi makatên, tuwin sanès-sanèsipun. Punika tumraping lare èstri lajêng nama pakulinan.

Tindak makatên punika dumugi diwasaning lare, inggih punika ingkang sampun emah-emah, tumrap [tumra...]

--- 50 ---

[...p] ingkang kasêmbadan, mawi dipun bêktani bothekan tuwin pipisan, ingkang sajatosipun praboting kasarasan. Bothekan punika wujud pêthi kajêng mawi lorogan kêbak guthêkan isi jampi-jampi Jawi warni-warni, botor kadhawung, adas rasuk angin tuwin taksih warni-warni sangêt, kados padhasaran jampi. Pipisan kangge anglawêt utawi mipis jampi.

Tiyang èstri ingkang nama prigêl, punika manawi dipun tingali sok anggumujêngakên, upami ing wanci dalu anakipun alit nangis kemawon, wêtênging lare lajêng dipun pung-pung (dipun kêbuki ing driji). Lajêng ngêngakakên bothekan: gêrèt. Coplak-capluk angêmploki jampi (ngracik jampi wontên ing cangkêm), pyuh, pyuh, dipun sêmburakên ing wêtêngipun lare. Dipun gritani utawi dipun ambêni. Cemplo, lajêng dipun êmban kalihan rêngêng-rêngêng: pitik tulak pitik tukung, ingkang akajêng nglela-nglela lare utawi pujian. Manawi dipun padosana kajêngipun, anggènipun pujian wau atêgês: anakku lara.

Dados kajênging wanita dados dhukun, punika tamtu adhakan.

Bab Wawrat ingkang Palsu

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 24

Saantuk kula saking griya sakit, wontênipun namung judhêg, rekadayanipun tiyang ing griya botên wontên malih kajawi namung dipun grujugi ing sabên enjing.

Ing satunggilipun dalu, wêtêng kula kraos sakit, kados raosipun tiyang nyakiti, nanging botên wontên raos ebahing lare. Kula lajêng ngundang dhukun kampung. Wataking dhukun ingkang kirang sêsêrêpan, wontênipun namung cariyos ingkang aèng-aèng, ingkang damêl botên sakecaning manah. Kalampahan kula manak, dhukun cariyos manawi larenipun sampun ajur. Sarèhning dipun anggêp bangsaning kêluron, pun lare lajêng dipun pêtak wontên ing pakarangan.

Cêthanipun, ing kala punika kathah botên èngêt kula, nanging wantunipun kula sampun lêrês gadhah anak, kula anggêp sampun limrah.

Kala samantên kônca jalêr lajêng ngaturi dhoktêr, dhoktêripun ing sapunika taksih Mas Sukarja Hoofd ind. Arts ing Tasikmalayah. Dhoktêr sampun mriksa, pitakèn bayinipun, lajêng dipun dhudhuk malih. Salajêngipun cariyos, kula kêdah malêbêt dhatêng C.B.Z. amargi kula mèh kêtêlasan rah (kêkathahên wêdaling rah). Kêlampahan kula kabêkta dhatêng C.B.Z. dalah lare, ingkang sajatosipun wujud kados woh anggur dhêdhompolan, dhoktêr amastani Mola.

Kula mangrêtos bilih dhoktêr-dhoktêr ingkang anggarap kula wontên ing C.B.Z. tumandangipun yêktosan, nandhakakên manawi sakit kula rêkaos, sakêdhap-sakêdhap dipun rubung ing dhoktêr. Kula botên mangrêtos kadospundi panggarapipun, nanging kula èngêt mawi dipun sênggruk punapa.

Sarêng antawis kalih minggu, kula mêdal saking C.B.Z.

--- 51 ---

kala samantên wangsul kula kapurih ngêntosi pêpaking dhoktêr. Sarêng dhoktêr-dhoktêr sampun dhatêng, sami nyukani tangan kanthi suka wilujêng sêmu sami bingah, saha sami ngêtêrakên ngantos dumugi sajawining kamar. Ing ngriku kula gadhah panampi, bilih sakit kula wau rêkaos yêktos, mila sarêng sagêd saras, dhoktêr sami suka sokur.

Ing salajêngipun kula taksih gadhah anak malih, ing sapunika wuragilipun sampun umur 13 taun.

Samantên andharan kula bab wawrat ingkang palsu gêgayutan kalihan karanganipun Dr. Radèn Sumadirja.

Bok H.

Udhu Rêmbag Sakêdhik

Para sadhèrèk têmtu kathah ingkang rêmên durèn. Nanging mangke sasampunipun dhahar, wah, saya yèn lajêng glègèkên ... adhuh. Sapunika kula aturi jampinipun ingkang cêsplêng, inggih punika ... timun. Timun kawon kalihan durèn punika rak yèn dipun bên kumba. Wangsul ambêtipun môngsa puruna kawon. Sabibaripun dhahar, lajêng dhahara timun. Botên ngaping kalih damêl, ambêt durèn têmtu sirna babar pisan. Atop inggih taksih ambêt timun. Dados botên prêlu kuwatos malih jagongan utawi ngêndikan kalihan sadhèrèk sanèsipun.

Para putra yèn kapurih ngunjuk kastroli, wah, biyung-biyung. Cobi kastroli kula aturi ngêcuri toya timun sawatawis, sasampunipun katingal cuwèr, lajêng kaunjukna, têmtu botên gundam-gundam malih. Nuwun: Sundari.

Hêm, eman, dene usum durèn sawêg mêngkêr kemawon. RED.

[Grafik]

Para warga lan pangrèhipun: putri Budi Sêjati Sidaarja nuju mèngêti adêgipun jangkêp sataun.

--- 52 ---

Trêsna

Saking pamanggih kula, têmbung trêsna punika têgêsipun sami kalihan asih. Tumanduking katrêsnan punika kenging kaperang dados tigang golongan:

1. dhatêng panginggilanipun, 2. dhatêng sasami-saminipun, 3. dhatêng sor-soranipun

Mênggah katranganipun kalayan cêkak makatên:

1. Trêsna dhatêng panginggilanipun (tiyang sêpuh-sêpuhipun) punika: ambangun turut. Nanging ambangun turut ingkang salêrêsipun, têgêsipun botên pêpulasan.

2. Trêsna dhatêng sasami-saminipun punika: wêngku-winêngku. Têgêsipun rêksa-rumêksa murih wilujêngipun.

3. Trêsna dhatêng sor-soranipun punika: momong. Dados pamong ingkang sayêktos punika satunggiling kuwajiban ingkang gawat.

Trêsna punika pancèn jêmbar sangêt têbanipun. Satunggaling pujôngga Walandi, inggih punika panjênênganipun swargi Tuwan C. Punsên, kagungan karangan kados ing ngandhap punika:

upama aku duwea / sabarang rajabrana //

mangan enak, omah asri / sarta sandhangan adi //

upama aku ngrêtia / ing sarupaning basa //

wikana sakèhing kawruh / sinung salwiring ngèlmu //

nanging nadyan mangkonoa / lah paedahe apa //

yèn tan kadunungan budi / trêsna: tungguling budi //

liring trêsna: sabar, rilan / ora drêngki, sumakehan //

tan adigang, adiguna / mandar ngênorkên raga //

asih samaning dumadi / ngenaki sakèhing janmi //

adoh ing budi duskarta / tan cidra ing ubaya //

trêsna: woding pamracadi / mring Hyang Kang Maha Suci //

ngalisake pôncabaya / winantu ing raharja //

wruhanira: rajabrana / lan kawruh bakal sirna //

mung trêsna iku kang lana / tumêka ing jaman swarga //

marmane ing ngalam donya / sajroning angupaya //

rajabrana tuwin ngèlmu / ywa tinggal budi tuhu //

sajroning ngupaya boga / têtanginên kang nala //

sanityasa dahat trêsna / mring Allah lan manungsa

Raos trêsna ingkang kados makatên punika, tumandukipun dhatêng wanita ugi sagêd araos srêg, awit sanyata biyung punika badhe dados pamonging lare.

Nyi Darmaprawira, Kêpanjèn - Malang.

--- 0 ---

[Lanjutan ringkasan Babad Giyanti, sudah ada pada Kajawen No. 20, 10 Maart 1939]

--- 0 ---

Jilid 16.

104. Pangeran Mangkunagara madêg ratu, mêngsah ingkang rama Sunan Kabanaran. 105. Sarip Bêsar pêpanggihan kalihan Sunan Kabanaran. 106. Pangeran Bintara malik tingal. Pangeran Mangkunagara jumênêng nata ajêjuluk Sunan Adiprakosa. Kumpêni sampun mupakat Sunan Kabanaran têtêp ratu senapati mawi sêsêbutan sultan akadhaton ing Mataram. 107. Sinuhun Sultan dhawuh ambidhalakên wadyabala Jawi lan Walandi ambujêng balanipun Pangeran Mangkunagara. 108. Tumênggung Kurdhanagara saanakipun dipun lunas. Sunan Kabanaran ngaturi bumi 500 minôngka têdhaning kapal dhatêng ingkang putra Sinuhun ing Surakarta. 109. Prajurit Kabanaran lan prajurit Kumpêni campuh kalinkalihan. prajurit Mangkunagaran wontên ing Tugu. Pangeran Mangkunagara kasoran lajêng kêkuwu wontên ing Burêng.

Jilid 17.

110. Dhusun Giyanti dipun rakit kados kitha badhe kangge palihan nagari. 111. kêpyakan jumênêng sultan. 112. Maos sêrat palkat tuwin ngêpung ajad dalêm. 113. Ngrêmbag ingkang badhe dados pêpatih dalêm ing Ngayogyakarta. 114. Kangjêng Sultan misudha para abdi. 115. Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan pêpanggihan kalihan Ingkang Sinuhun Kangjêng Sunan.

Jilid 18.

116. Tata-tata badhe nglurugi mêngsah dhatêng Pranaraga. 117. Adipati Pringgalaya tampi duka saking Ingkang Sinuhun Kangjêng Sunan tuwin Kangjêng Sultan. 118. Kangjêng Sultan matêdhani priksa dhatêng ingkang putra sang nata, yèn badhe bidhal nglurug. 119. Pangeran Mangkunagara sawadyabalanipun oncat saking dhusun Mamênang badhe anggêpuk tanah pasisir. Wontên ing tanah Pajang pêrang riwuk kalihan prajurit Surakarta. 120. Pangeran Mangkunagara dipun bêbujêng dhatêng Kangjêng Sultan.

Jilid 19.

121. Pangeran Bintara lan Pangeran Purubaya asrah tobat. Kangjêng Sunan lan Kangjêng Sultan botên karsa tampi. 122. Adipati Pringgalaya kawiyak culikanipun, lajêng nglalu pêjah nguntal racun. 123. Kangjêng Sultan yasa kitha. 124. Pangeran Mangkunagara mundhut bumi sapratigan botên dipun parêngakên, lajêng duka, ambidhalakên bala badhe anggêpuk tanah pasisir, dipun tututi prajurit Kasunanan, Kasultanan, lan prajurit Kumpêni. 125. Pêpêrangan ing Selakêpyak. Kapitan Pandêrpol tiwas. 126. Pangeran Mangkunagara rêraosan kalihan para punggawa badhe nungkul. 127. Prasêtyanipun prajurit Madura dhatêng Kangjêng Sultan. 128. Pêpêrangan wontên ing Sima.

Jilid 20.

129. Kangjêng Sultan damêl gumujêngipun para abdi. 130. Dhusun Matesih dipun jarah-rayah dening prajurit Madura. 131. Lêlampahanipun Kangjêng Sultan nalika taksih timur. 132. Prajurit Mangkunagaran nêmpuh nagari Ngayogyakarta. 133. Panji Kartayuda tuwin Panji Kartasari dipun timbali dhatêng Surakarta. 134. Pangeran Mangkunagara nyuwun pangayoman dhatêng Ingkang Sinuhun ing Surakarta, lumantar bok bakul grêji. 135. Ki Wôngsaniti kautus Kangjêng Sunan manggihi Pangeran Mangkunagara. 136. Kangjêng Sultan ambibarakên barisan.

Jilid 21.

137. Kraman Pangeran Madukara. 138. Pangeran Mangkunagara kondur dhatêng Surakarta. 139. Kangjêng Sunan pêpanggihan kalihan dêlèr wontên ing Salatiga, namtokakên lênggahipun sabin Pangeran Mangkunagara. 140. Pangeran Mangkunagara besanan kalihan Tumênggung Kudanawarsa. 141. Pangeran Pancuran seda. Putra-putranipun dipun kukup Kangjêng Sunan. 142. Kangjêng Sultan mundhut wangsulipun ingkang paman Adipati Natakusuma tuwin sanès-sanèsipun ingkang sami kakendhangakên dhatêng ing Selong. 143. Tuwan jendral misungsung gajah tuwin kareta dhatêng Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta. 144. Adipati Natakusuma dipun paringi nama Pangeran Juru. 145. Sang prabu ing Surakarta prasabên mawi sêrat dhatêng ingkang paman Kangjêng Sultan ing Ngayogya, kaparêng badhe pêpanggihan kalihan ingkang eyang Pangeran Juru lan sanès-sanèsipun. 146. andongèngakên kawontênanipun ing Selong. 147. Kangjêng Sultan utusan murugi Rara Maliyah ingkang kaboyong Pangeran Mangkunagara nalika pêrang ing Panaraga. 148. Ngrêmbag ingkang badhe dados uprup wontên ing Surakarta. 149. Pangeran Juru tindak dhatêng Surakarta. Tamat.

Jilid 22.

Pratelan nama-nama tiyang tuwin panggenan ingkang kasêbut wontên ing sêrat Babat Giyanti, jilid 1-21 (sawêg kaêcap).

Wêdalan -Bale Pustaka- Batawi Sèntrêm.