Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1939-02, #1668

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1939, #1668
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1939-01, #1668. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1521.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1939-02, #1668. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1520.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1939-03, #1668 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1519.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1939-06, #1668. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1518.

Kajawèn

No 16. 24 Februari 1939

Bale Pustaka, Batawi Sèntrêm

--- 0 ---

[Iklan]

--- 241 ---

Ôngka 16, Ju Kli, 5 Sura Je 1870, 24 Pèbruari 1939, Taun XIV.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Slasa lan Jumuwah.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Balepustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Nanggapi Surud Dalêm nata - Liyêring Kaprabon - Surud Dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana Kangjêng Susuhunan Pakubuwana X nata ing Surakarta Adiningrat - Kawontênan Enggal - Wolak-waliking Jaman ingkang Ngèngingi Musolini - Karaharjaning Kawula - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita - Taman Bocah.

Nanggapi surud dalêm nata, liyêring kaprabon

[Grafik]

[Maskumambang]

kambang-kambang anglêsing raos nêrusi / dupi amiyarsa / surud dalêm jêng sri mulki / yayah koncatan musthika //

sirêp surêm cahyaning karajan Jawi / kêdadak kadayan / koncatan pakuning bumi / Sri Narendra Surakarta //

karêrantan angrês tumungtuming tangis / kawula sapraja / sumrambah wrata ngênani / mring rasèng sadayanira //

ing wasana tan lyan amung amêmuji / roh dalêm sri nata / kang murut mring têpêt suci / sinêmbuha kasampurnan //

tinampèn ing pamorirèng Maha Sukci / lulus tan sangsaya / kamulyan agung ngayomi / mring sampurnèng dalêm nata //

sinambêtan tuwuhing raos pamuji / kang ingantya-antya / tumuruning wahyu jati / wahyu prajèng Surakarta //

dhumawuha tumanêm têtêp tumuli / gunging kang nugraha / nêrahana maratani / ngayêmi sadayanira //

titining kang panitya linuding tangis / kawasananira / antuka pangimur luwih / jumênênging nata mulya //

--- 242 ---

Surud Dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana Kangjêng Susuhunan Pakubuwana X Nata ing Surakarta Adiningrat

Sampun sawatawis dangu, wontên wartos sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya Saha Ingkang Wicaksana Kangjêng Susuhunan Pakubuwana X nata ing Surakarta Adiningrat gêrah.

Gêrah dalêm wau ing sakawit sampun wontên wartos dhanganipun, wusana lajêng wontên wartos gêrah malih. Ing dintên Kêmis sontên tanggal kaping 16 dumugi dintên Ngahad tanggal 19 Pèbruwari, gêrah dalêm mindhak-mindhak, ugi sinêlan lêrêm sawatawis, ajêg sinowanan ing garwa, ampil tuwin para putra, ugi dipun jagi ing abdi dalêm Dhoktêr Radèn Salèh kalihan Dhoktêr Radèn Ayu Surti.

Dumugining dintên Ngahad wau, andhatêngakên Prof Dr. A. Siegenbeek van Heukelom mahaguru pamulangan luhur dhoktêr ing Batawi, babagan sêsakit lêbêt minôngka kongsul. Bidhalipun saking Batawi dhatêng Surakarta numpak motor mabur mandhap ing Sêmarang, dipun papag oto ing utusan dalêm Kangjêng Radèn Mas Tumênggung Côndranagara, mantu dalêm. Sadumugining Surakarta anjujug kadhaton mariksa gêrah dalêm. Katranganipun tuwan Prof. gêrah dalêm rêkaos, lampahing kêkêtêg dalêm botên ajêg. Ing dintên wau ugi wanci jam 7 sontên Prof Dr. A. Siegenbeek van Heukelom sowan malêbêt malih mariksa, gêrah dalêm panggêng. Wusana ing dintênipun Sênèn tanggal 20 Pèbruwari 1939 inggih tanggal 1 Sura Je 1870 wanci jam 7.30 seda. Jalaran gêrah sampun yuswa, dumugi yuswa 74 taun. Inalilalhi wainailaihi rajingun.

Surut dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya Saha Ingkang Wicaksana, adamêl karêrantaning manah, ing wusana lajêng nuwuhakên pamupus saha ngucap: mugi roh dalêm sampurnaa dumugi pangayunan kanthi kanugrahan agung. Amin.

Miturut pèngêtan ing buku-buku, panjênêngan nata suwarga dalêm ingkang sinuhun Ingkang minulya saha ingkang wicaksana punika jumênêng dalêm nata dangunipun 48 taun. Wiwit jaman Kartasura dumugi jaman Surakarta, dèrèng wontên nata ingkang nyamèni danguning jumênêngipun.

Mênggah pèngêtan cêkakan tumrap panjênêngan nata suwarga sampeyan dalêm ingkang minulya saha wicaksana, punika mirid karangan dalêm Bandara Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda, putra dalêm suwarga sampeyan dalêm ingkang sinuhun ingkang minulya saha ingkang wicaksana kados ing ngandhap punika:

Miyos dalêm suwarga sampeyan dalêm ingkang sinuhun ingkang minulya saha ingkang wicaksana wontên ing dintên Kêmis Lêgi tanggal kaping 21 Rêjêp taun Alip ôngka 1795 utawi kaping 29 Nopèmbèr 1866. Miyos saking pramèswari dalêm Gusti Kangjêng Ratu Pakubuwana, pramèswari dalêm suwarga Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana IX. Kaparingan asma Radèn Mas Gusti Sayidin Malikul Kusna.

Ingkang kakarsakakên anginyani, priyantun dalêm nama Bandara Radèn Dayapurnama. Dipun êmbani Radèn Ayu Amongsaputra, kanthi êmban kondhang

--- 243 ---

tiga, Nyai Lurah Amongsudibya, Nyai Lurah Lumba tuwin Nyai Lurah Rêksakusuma, saha abdi dalêm dhukun èstri Nyai Lurah Sêcabawa.

[Grafik]

Ing kala miyos dalêm wau pinahargya sakalangkung rame. Sarêng wontên dhawuh pambabaring pramèswari dalêm miyos kakung wilujêng, abdi dalêm panambur lajêng minggah ing panggung sônggabuwana, ngungêlakên tambur ngubêngi èmpèring panggung. Abdi dalêm prajurit jagasura ngungêlakên mriyêm, abdi dalêm niyaga ngungêlakên kagungan dalêm gôngsa Kodhokngorèk wontên sitinggil êlèr. Tôndha ingkang kados makatên wau tinampi suka gambiraning kawula sapraja.

Sarêng andungkap yuswa tigang taun, marêngi dintên Sênèn Lêgi tanggal kaping 27 Jumadilakir Je 1798 utawi kaping 4 Oktobêr 1869, nalika nglêrêsi tingalan dalêm panjênêngan sampeyan dalêm ingkang sinuhun, wêkdal salêbêtipun dhahar pista, tuwan residhèn munjuk ing sahandhap sampeyan dalêm ingkang sinuhun bilih anampèni telêgram saking Batawi, awit saking kaparêngipun ingkang eyang kangjêng tuwan ingkang wicaksana gupêrnur jendral, putra dalêm sang raja putra kajumênêngakên pangeran adipati anom, saha lajêng kajumênêngakên ajêjuluk Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara Sudibya Rajaputra Narendra Mataram ingkang kaping V ing Surakarta Adiningrat.

Amarêngi dintên Anggara Kasih tanggal 7 Sura Alip 1811 utawi kaping 29 Nopèmbêr 1811 sampeyan dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom kasupitakên.

Kacariyos, sampeyan dalêm kangjêng gusti, wiwit angajêngakên môngsa supit dados kondhang kidunging wong sapraja saking sulistyaning warni dalêm. Manising pangandika angrêsêpakên manah, tur patitis ing pamicara, sabên marêngi pasamuwan taun raja, taun baru, enjingipun sampeyan dalêm kangjêng gusti têdhak dhumatêng loji karesidhenan angwêdharakên pangandika ing basa Malayu, namung ijêman kemawon, wiyosing sabda cêtha tatas patitis.

Ing Rêbo Pon tanggal 1 wulan Ruwah Dal 1815 utawi kaping 5 Mèi 1886 Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom wiwit nyarirani ngasta pangrèh jumênêng pangarsaning pangadilan kadipatèn anom.

Ing dintên Kêmis Wage tanggal 1 Rabingulawal Wawu 1817 utawi kaping 17 Nopèmbêr 1887 sampeyan dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom

--- 244 ---

wiwit mangagêm bintang pusaka ing kadipatèn.

Ing dintên Kêmis Pon tanggal 20 Bêsar Alip 1819 utawi kaping 7 Agustus 1890, kaparênging karsa dalêm sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, putra dalêm sampeyan dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom pinikramakakên angsal Bandara Radèn Ajêng Sumarpi, putranipun KGPAA Mangkunagara IV saking Bandara Radèn Ayu Adipati Mangkunagara. Dhauping pangantèn wontên salêbêting kadhaton. Pramèwari dalêm wau kaparingan asma Kangjêng Ratu Adipati Anom. Sarêng jumênêng nata asma Gusti Kangjêng Ratu Pakubuwana.

[Grafik]

Malêm Jumungah Pon tanggal 15 Sawal Jimawal 1821 utawi kaping 13 Mèi 1892 sampeyan dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom puruhita ing rama dalêm, pamêjangipun wontên ing Jonggringsalaka sakidul dalêm agêng prabayasa.

Ing dintên Jumungah Lêgi tanggal 28 Ruwah Je 1822 utawi 16 Marêt 1893, Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana IX seda. Ing dintên Kêmis Wage tanggal 12 Siyam 1822 utawi 30 Marêt 1893 sampeyan dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara Sudibya Rajaputra Narendra Mataram ingkang kaping V jumênêng nata sumilih kapraboning rama dalêm suwarga Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana IX, ajêjuluk Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama ingkang kaping X.

Sampeyan dalêm suwarga ingkang sinuhun ingkang minulya saha ingkang wicaksana, putus ing rèh

--- 245 ---

ulah kaprabon, mumpuni ulah kawiragan, kados ta bêksa, main selat sapanunggilanipun, lêpas sawarnining bêksa, ahlul kalukitan, yasan dalêm sêrat-sêrat kathah, sêngsêm ing karawitan, kathah yasan dalêm gêndhing. Langkung lêbêt dhatêng kawruh kacurigan, kathah yasan dalêm wangkingan, putus ing kawruh katuranggan, dhêdhasaring panggalih ambêk wêlasan.

Jumênêng dalêm ngasta kaprabon tanpa sangsaya, jalaran saking saening prentahan nagari wusana adamêl tata raharja, kathah patêdhan dalêm panjurung wragad tumrap paedah umum, babagan kagunan, pamulangan, kasarasan tuwin sapanunggilanipun. Makatên ugi ing sajumênêng dalêm kathah ewah-ewahan tuwin yêyasan praja ingkang murakabi kawula dalêm sadaya. Kados ta: 1. lêbêt wêdaling arta nagari mawi rantaman, tumanjanipun lajêng sagêd tata. 2. kawontênakên kantor paniti, 3. nata prayogining kantor kapatihan (kantor nagari), 4. kantor rad nagari tumut ngrêmbag rantaman tuwin pranatan, 5. niti kawula ingkang nyêkapi ing damêl, 6. amêwahi pajagèn tata têntrêm, 7. panataning siti bawah dalêm anjalari kawula alit anggadhahi wêwênang siti, 8. pambagening toya ilèn-ilèn ing sabin, 9. nyaèkakên margi saha krêtêg, 10. ambiyantu ajênging padagangan, kagunan Jawi. Ingkang sinuhun kagungan pabrik gêndhis kabudidayan sata tuwin sanès-sanèsipun, 11. ambiyantu adêging bang Jawi nama Bôndha Lumaksa, 12. ngabdèkakên dhoktêr-dhoktêr, ngawontênakên klinik, 13. nanggulangi sêsakit warni-warni, 14 nyaèkakên ilèn-ilèn tumrap kasarasan, 15. yasan panulak bêbaya bêna, 16. ngajêngakên pamulangan warni-warni dalah pambiyantu waragad sinau, 17. yêyasan masjid, 18 museum saha taman pustaka, 19. ngajêngakên kagunan jogèd, gêndhing sapanunggilanipun, 20. kêbon raja Sriwêdari, 21. ambiyantu adêging listrik, 22. lajêng ngawontênakên bale agung, makatên ugi sih kamirahan saha kadarman dalêm dhatêng pakêmpalan warni-warni sampun umum kasumêrêpan.

Dintên Rêbo Wage tanggal 17 Bêsar Jimawal 1845 utawi kaping 27 Oktobêr 1915 sampeyan dalêm ingkang sinuhun krama malih angsal Gusti Radèn Ayu Mursudarinah, putri dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ingkang kaping VII ing Ngayogyakarta Adiningrat, miyos saking Gusti Kangjêng Ratu Kêncana. Pramèswari dalêm wau kapatêdhan asma Gusti Kangjêng Ratu Êmas.

Ing dintên Salasa Wage tanggal 22 Jumadilakir Wawu 1849 utawi 25 Marêt 1919, pramèswari dalêm Gusti Kangjêng Ratu Êmas, kagungan putra miyos putri, kapatêdhan asma Gusti Radèn Ayu Sêkar Kadhaton Kustiyah, diwasanipun asma Gusti Kangjêng Ratu Pambayun.

Ing dintên Kêmis Pon tanggal 17 Siyam Je 1854 utawi 30 Agustus 1923 sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan kajumênêngakên litnan jendral. Wiwit punika ngagêm sêsêbutan ingkang wicaksana (ing ngajêng jendral mayor).

Ing dintên Kêmis Wage tanggal 26 Jumadilawal Je 1854 utawi 4 Januwari 1924, pramèswari dalêm Gusti Kangjêng Ratu Pakubuwana seda, andadosakên sêkêling panggalih dalêm. Badhe kasambêtan.

--- 246 ---

Kawontênan Enggal

Pangantèn agung ing Ngayogyakarta tuwin wêwakil Jêpan enggal

Sampun sawatawis dintên ing karaton Ngayogyakarta wontên pikramènipun para agung. Pikramèn agung ingkang kados makatên punika tumrap ing golongan Jawi awis ingkang sumêrêp, tuwin kadospundi cara-caranipun, mila tumraping golongan ing Jawi sagêdipun namung mirêng pawartos tuwin nyumêrêpi gambaripun.

Ingkang kacêtha ing têngah, punika pangantèn nalika panggih wontên salêbêting kadhaton, pangantèn kakung putri lajêng kanthèn, dipun apit-apit ing putri kiwa têngên. Ing salajêngipun sambêt-sumambêt pangantèn sanès-sanèsipun.

Ing wêkdal wau ing kadhaton kêbak tamu ingkang sami anjênêngi dhauping pangantèn. Sabibaring dhaup, lajêng dipun sambêt pahargyan ngantos mèh dumugi byar enjing.

Ing kala dhauping pangantèn, sèndhêr radhio Mavro anyiyarakên punapa kawontênan ing ngriku, ingkang tatananing nyiyarakên kados ing gambar sisih kiwa.

Ingkang kacêtha ing gambar bundêr, punika wêwakil karajan Jêpan ing nagari Walandi paduka Itaro Ishii, inggih wêwakil karajan Jêpan wau ingkang migatosakên kawontênan karajan Jêpan ingkang gêgayutan kalihan karajan Walandi, sumrambahipun dumugi ing tanah ngriki, punapa malih ing bab padagangan, punika ingkang langkung wigatos.

--- 247 ---

Pawartos Sanès Praja

Wolak-waliking Jaman ingkang Ngèngingi Mussolini

Muyêging pulitik praja Sêpanyol gêgayutanipun kalihan Itali, katingal muyêg sangêt, ing ngajêng sampun kawartosakên, sarêng golonganipun Franco unggul, Itali lajêng surak-surak, saking rumaos anggènipun tumut ngêmori damêl. Nanging bab punika lajêng dipun sêmoni Inggris, dèrèng tamtu manawi pambiyantu wau dados panujunipun ingkang dipun pitulungi. Ing ngriku golonganipun republik lajêng anggêgujêng, ngatingalakên bilih anggènipun purun padhamèn sarana janji sumingkiring wadya ngamônca, punika pinanggih dhongipun, ingkang raosipun inggih dipun iyani dening Franco. Nanging kadospundi, ing sapunika Franco kêpêksa ambêtahakên dayanipun Itali tuwin Jêrman. Kajawi manawi wontên pambiyantu sanès ingkang purun nyingkirakên bôngsa ngamônca ingkang sampun wontên ing ngriku. Saya malih manawi pambiyantu wau purun nyambuti arta kangge andandosi karisakanipun nagari. Môngka Inggris kalihan Prancis sagah tumindak makatên.

Tumrap Inggris tuwin Prancis, langkung bingah manawi Sêpanyol dipun rèh ing tiyang ingkang sanès mêngsahipun, amargi lampahing layaran saking Inggris dhatêng laladanipun sagêd sakeca, mila Inggris anggadhahi kajêng ngêmori golongan republik, nanging ing sapunika golongan wau sampun botên gadhah pangajêng-ajêng badhe unggul. Makatên ugi Prancis, sarêng wontên suwaranipun Itali ingkang damêl botên sakecanipun Prancis, inggih lajêng anjênggirat, mila lajêng saya nguwatosakên dhatêng Sêpanyol, botên sande badhe ngèmbèt daging awaras, amargi dayanipun Itali gampil andhêsêgipun dhatêng laladan Prancis.

[Grafik]

Ajudanipun Presidhèn Azana nuju dipun panggihi kalihan para jurnalis.

Sarêng Franco unggul, Inggris kalihan Prancis badhe ngrangkul, nanging ministêring babagan sajawining praja parentah Burgos (Barcelona) gadhah pamanggih, punapa Prancis purun ambiyantu Franco saha purun nyingkirakên wadyanipun Mussolini. Rêmbag punika pinanggih ruwêt, amargi Inggris tuwin Prancis kêpêksa ngawontênakên tatanan enggal ingkang ngewahi ngrika-ngriki. Nanging Inggris tuwin Prancis inggih lajêng gadhah rekadaya, supados Franco nyingkirna wadya Itali rumiyin, ing ngriku sawêg purun ngakêni unggulipun Franco. Môngka lugunipun tumrap ing Inggris tuwin Itali, sampun anggêlêngakên rêmbag badhe [ba...]

--- 248 ---

[...dhe] ngakêni unggulipun Franco, namung kantun ngêntosi môngsa ingkang prayogi.

Prancis anggèning ngrekadaya murih rukunipun ingkang sami paprangan tansah tumindak tanpa kêndhat. Leon Beard warganing rad luhur Prancis sampun bidhal dhatêng Sêpanyol kapanggih Jendral Jordana, ministêring parentah Burgos. Nanging ing sadèrèngipun Leon Beard bidhal, ministêring golongan republik, babagan sajawining praja, Julio Alvarez del Voyo, sampun rêrêmbagan kalihan ministêr sajawining praja Inggris, Bonnet, nyariyosakên ing bab kajêngipun parentah republik, ingkang kêdah dipun sayogyani dening Franco, inggih punika ingkang dados margining padhamèn. Wosing kajêngipun, supados rêmbag wau kadumugèkakên dhatêng Jendral Jordana.

Makatên ugi Inggris, inggih sampun pados margi murih dadosing padhamèn. Tiyang ingkang dipun patah dhatêng Burgos, dipun isèni rêmbag supados ngrêmbagi Franco, anganggêpa Inggris ingkang dados lantaran pinanggihing padhamèn. Pêrang kakèndêlna rumiyin. Sêmu-sêmunipun kados inggih badhe kasêmbadan.

Ing ngriku sarêng Mussolini sumêrêp tindakipun Franco ingkang kados makatên punika inggih anjêngginggat sangêt, saya sarêng sumêrêp wêwakiling parentah republik dhatêng pulo Minorca kabêkta ing kapal pêrang Inggris, badhe ngrêmbag ing bab masrahakên pulo wau dhatêng Franco. Môngka ing kajêng, pancèn tindakipun Inggris ingkang makatên wau ingkang kangge miluta.

[Iklan]

Kajawi punika Inggris taksih ngiming-ngimingi badhe nyambuti arta dhatêng Franco, kangge andandosi karisakaning nagari, malah dumugining sambutanipun Franco dhatêng Mussolini tuwin Hitler inggih dipun dhadhagi pisan. Gèk Franco badhe pados punapa malih. Arta dipun sanggêmi Inggris, wah Inggris kalihan Prancis inggih badhe ambiyantu sumingkiring wadya Itali tuwin Jêrman. Dhasar rumiyin mila Inggris tuwin Prancis punika lêngganan numbasi barang saking Sêpanyol.

Kala ing taun 1933 Sêpanyol kathah pangintunipun barang dagangan dhatêng Inggris tuwin Prancis, tinimbang panampinipun. Dene tumrap dhatêng Itali tuwin Jêrman, kathah anggènipun nampèni. Sarêng sampun tumindak sawatawis taun, pangintunipun barang saking Sêpanyol dhatêng Itali mindhak kathah, namung dhatêng Jêrman taksih ajêg. Ajênging padagangan saking Sêpanyol dhatêng Itali, punika kala samantên Itali bêtah, anyarêngi nuju paprangan.

Sarêng tuwuh paprangan ing Sêpanyol, kawontênan wau pinanggih ewah, makatên ugi, sayêktosipun tumrap panyadenipun barang Sêpanyol dhatêng Itali tuwin Jêrman, punika namung angsal lêlintu sami barang. Môngka tumrap panyade dhatêng Itali tuwin Jêrman punika sisip sêmbiripun sagêd dados jalaran pasulayan.

Kosok wangsulipun tumrap Inggris tuwin Prancis, panumbasipun sadaya wujud arta. Malah ing pangajêng-ajêng, nagari kalih wau badhe saya kathah panganggènipun [pangang...]

--- 249 ---

[...gènipun] barang saking Sêpanyol, amargi barang wêdalan Sêpanyol punika dados kabêtahanipun Inggris, inggih punika barang ingkang kangge yasa dêdamêl, kados ta tosan, têmbagi. Mila Franco saya dados margi murih saya rakêtipun kalihan nagari kêkalih wau.

[Iklan]

Sarêng wartos kados makatên wau kamirêngan dening Mussolini tuwin Hitler, saya nêpsu sangêt dhatêng Franco, nanging wusananipun lajêng kapêksa lêrêm. Ing pangintên, sawatawis minggu malih, Franco badhe angsal pambiyantu saking Inggris tuwin Prancis anglawan Itali tuwin Jêrman, kados makatên wolak-waliking jaman.

Pulo Ainan.

Bôngsa Jêpan têrus malêbêt dhatêng pulo Ainan saking kidul tuwin lèr. Ing sapunika sampun wontên kapal pêrang Amerikah satunggal dhatêng ing ngriku. Pangagênging kapal pêrang wau sampun pinanggih kalihan pangagênging wadya Jêpan, sasampunipun bage-binage wilujêng lajêng pêpisahan. Mirid ing sêmu, sajakipun Amerikah, Prancis tuwin Inggris botên sagêd ngagru-agru dhatêng tindakipun Jêpan. Trajangipun Jêpan katingal sairib kados tindakipun Jêrman. Ing sapunika badhe ngawontênakên babaganing kapal pêrang, tuwin papan kangge anggêgana, kangge nêmpuh Syangkai Sèk saking ngriku.

Pawartos saking Administrasi.

Lêngganan nomêr 3002 ing Pw. Tumrap kuwartal 4, 1938.

Lêngganan nomêr 3676 ing Sr. Tumrap kuwartal 4, 1938.

Lêngganan R.L. Jayèngwarih, Surakarta, f 6.- sampun katampi.

--- 250 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Karaharjaning Kawula

II.

Garèng: ambalèni bab pacêklik ing Bojanagara, Truk, dadi yèn kowe, saiki iki sing prêlu dhewe têtulung, prakara nutuh utawa nyalah-nyalahake tiba buri. Krungu kojahmu kuwi, Truk, atiku krasa mak sêndut, arêp mèlu tandang têtulung sakadar kuwatku. Nanging kok banjur mak grêg, ora sida.

Petruk: Olèhmu mak grêg, kuwi rak marga ora lila, ta.

Garèng: ora, Truk. Aku rada môngga mara, jalaran ana kabar, jarene prakara pacêklik ing Bojanagara kuwi, saikine ora kêna dikabar-kabarake dawa-dawa ana ing layang kabar. Karo manèh, ora kêna pisan-pisan motrèt wong sing padha kalirên, dadi jawane, prakara pacêklik kuwi digawe wadi, wong jaba ora kêna wêruh. Lah nèk ora kêna wêruh, mêsthine iya atêgês ora kêna têtulung.

Petruk: upama nyata ora kêna didawak-dawakake ana ing layang kabar, kuwi iya ana apike. Jalaran sing wis kêtatalan, olèhe padha ngandharake bab pacêklik kuwi ora barès, pène ora dituntun ing budine, mung dituntun ing rasa êndhêm-êndhêmane. Dadi andharane digawe ebat, anggêgirisi, tur nganggo dibumboni sing angêt-angêt, dene prêlune, ora kok arêp anggugah ati wong akèh supaya gêlêm têtulung, mung niyat arêp ngala-ala wong sing kêpopoh, môngka sanyatane, kang Garèng, prakara sing dadi lajêring pangala-ala kuwi, yèn diurut-urut digolèki salasilahe bisa ambalik namani sing padha ngala-ala kuwi.

Garèng: Lah nèk pancèn salah, sing padha kêpopoh kuwi apa ora kêna didumuk lupute.

Petruk: anggêre maton, niyat arêp ambêcikake, mêsthine kêna.

Garèng: Nanging, Truk, aku mêksa rada durung lêga. Prakara pacêklik kuwi têka andadak nganggo digawe wadi, kuwi rak mung dianggo nutupi kaluputane priyayi sing kêpokoh.

Petruk: digawe wadi, kuwi tak kira mung dianggo ambangêtake. Kuwi bangsane bumbu karêbèn ebat, saka rumasaku, prakara pacêklik Bojanagara kuwi dianggo têrang-têrangan. Gupêrnur Jawa Wetan, Tuwan Phandhêr Plas wis paring katêrangan cêtha, sapisan, para priyayi bebe pribumi sing ambawahake padesan sing kasangsaran kuwi, ora salah. Dhèk taun kapungkur, propinsi Jawa Wetan wis nyadhiyani dhuwit f 162.000,

--- 251 ---

nagara nyadhiyani f 208.000 kanggo irigasi ing papan mau supaya têtanène wong bumi bisa bêcik. Kapindhone ditêrangake, yèn anane pacêklik kuwi jalaran panenan jagung karo têmbako kêbênêr ora kêmêton. Kaping têlune, enggal iki Tuwan Phandhêr Plas nampani pisowane para jurnalis, saguh paring katêrangan sacukupe. Apa kaya mêngkono kuwi niyat arêp ngêkêr prakara pacêklik. Lah, rak gênah ora, ta.

[Grafik]

Garèng: Wis, Truk, prakara pacêklik wis têrang. Saiki aku arêp anjaluk rêmbugmu, Truk. Olèhku arêp têtulung iki kêna apa ora.

Petruk: Iyah, ana arêp danadriyah bae andadak sêmônta, upama kana wis cukup, wis ora prêlu dipitulungi wong jaba, dêrmamu kêna kok tanjakake kanggo nulungi wong liya. Bangsane dhewe iki ora sathithik sing butuh dêrma.

Garèng: lah iya, ya, Truk, yèn tak rasak-rasakake kok iya mung tiba judhêg bae. Gajêge nagara olèhe wiwit ngrêmbug bangêt mênyang karaharjaning wong cilik, kuwi wis wiwit dhèk taun 1901, dadi saprene wis têlung puluh wolu taun, ewasamono bangsane dhewe iki têka durung bisa gêmblêb-gêmblêb kabèh. Môngka prasan atiku, Truk, rêrigêne nagara wis pêpak bangêt, wis nganakake sêsuluh bab têtanèn, misaya iwak, dagangan, panggaotan tênun karo bathik, irigasi, karajinan, cêkake warna-warna bangêt, lah kok mêksa isih akèh sing durung bisa mêntas saka kêcingkrangan.

Petruk: sababe durung bisa mêntas-mêntas kuwi warna-warna, kang Garèng, sing têrang bae, marga cacah jiwane mundhak akèh bangêt, kuwi iya dadi sabab anjalari kêkurangan. Tanahe dhewe iki, saikine wis sêsambungan dagang karo jagat kabèh, dadi yèn padagangan ing jagat bubrah angkane, bangsane dhewe iya katut ribut. Kêjaba kuwi mêsthine isih ana sabab liya-liyane.

Garèng: iya, Truk, prakara sabab, aku ora butuh wêruh, jalaran wis akèh sing kêjibah ngrêmbug, tur iya pêng-pêngan kabèh. Mung bae, rêrigên sing ditindakake kuwi apa wis cêsplêng têmênan. Karo manèh apa iya ora saya cêsplêng bangêt, yèn anggone nindakake rêrigên kuwi nganggo plan-planan, upama bab ngajokake padagangan diplan limang taun, bab misaya iwak diplan têlung taun, sabanjure. Gunggung kumpule, plan sapuluh taun, ekonomine wong cilik kudu wis kuwat.

Petruk: Prakara plan-planan tiru-tiru nagara

--- 252 ---

dhiktator ketoke mula menginake. Nanging ora kabèh sing bêcik ana ing nagara kana, kuwi mêsthi iya bêcik tumrap ing kene. Prakara kaya mêngkono kuwi bangsane dhewe wis kêrêp kêcelik, kaya upamane dhèk jaman swadèsi. Cara swadèsi ana ing Indhu bisa apik, banjur ditiru dicakake ana ing kene, kabèh padha nganggo lurik, klambi lurik, kathok lurik, dhasi lurik, sêpatu lurik, kacu lurik, topi lurik…têkaning ngêndhon mak plêcis boya pandak. Samono uga prakara rêrigên ngajokake karaharjaning kawula, iya ora kêna mung niru warasan bae. Kabèh kudu nganggo dilaras karo kaanane tanah kene.

Garèng: Iya bênêr nganggo dilaras, nanging rak iya bêcik nganggo diwangêni samene taun kudu rampung, dadi karuwan olèhe ngêntèni.

Petruk: bab karaharjaning kawula kuwi jêmbar bangêt têbane. Yèn ing kene banjur tiru-tiru gawe plan-planan, mêsthi pating grobyag. Lumrahe, kang Garèng, nagara sing nganggo plan-planan kuwi olèhe gawe wangênan suwe-suwene sapuluh taun. Olèhe nindakake ngaya bangêt, nganggo ngalah-ngalahake kabutuhan liyane, malah kala-kala ana sing nganggo pêksan-pêksan barang. Saiki, kang Garèng, upama kene tiru-tiru gawe plan sapuluh taun, mêsthi kêthetheran, sabab kang dipatah ngrigênake isih kurang, wragade iya ora mung trima sasèn rong sèn, wong-wong sing dirigênake isih akèh sing durung ngrêti yèn dirigênake. Cêkake kang Garèng, plan-planan kuwi yèn ora sêmbada têmênan malah dadi pêlan-pêlan bangêt.

Garèng: Yèn sapuluh taun kurang, lah iya diulur limalas taun. Mêngko yèn limalas taun, mlothot, diulur manèh dadi rong puluh, salawe, têlung puluh, waton nganggo wangênan.

Petruk: dadi karêpmu, tanah kene kudu gawe plan karèt, kêna diular-ulur sasire bae. Yèn kaya mêngkono, alahdene gawe plan. Ora susah nganggo plan-planan, anggêr niyat ingsun ngundhakake karaharjan têmênan, gawe rêrigên têmênan, lan iya ditindakake têmênan, wis cukup kang Garèng. Sing padha gawe rêrigên, lan sing nindakake rêrigên, kuwi dudu wong sabarangan. Kabèh pilihan sing ampuh-ampuh têmênan. Aku kowe iki klêbu golongane wong kang dirigên-rigênake, anane mung kari kudu ngrêti olèhku padha dirigênake. Yèn ora ngrêti, sanajan rêrigêne cêsplênga dikayangapa, iya tanpa guna. Saiki, kang Garèng, ing kutha-kutha kang prêlu dianani kantor kanggo awèh iguh lan pituduh marang wong cilik, bab têtanèn, kopêrasi, padagangan, lan karajinan, kuwi bêcik padha dipigunakake, dadi bisa ngundhuh wohe sathithik-sathithik. Bangsane dhewe kudu srêgêp lan wani takon mrono, anjaluk rêmbug bab panggaotan utawa bab padagangan.

Garèng: Wah, yèn mangkono, upama wong mlaku, pancèn. Blas-blas akèh dalane. Nanging Truk, rêmbuge prayogi dibacutake seje dina.

--- 253 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès)

TANAH NGRIKI.

Wajibipun lare ingkang kadadosakên jênggi. Anyarêngi badhe wontênipun têtingalan jênggi ingkang kawontênakên ing kalanipun nuju Capgome ing Bêtawi, punika tumrap ingkang dados kêdah nêtêpi pranatan: inggilipun saking siti botên kenging langkung saking tigang mètêr, lare ingkang dados kêdah wontên sêrat katrangan saking dhoktêr, tandhanipun kasarasanipun, tuwin sagêd dipun dadosakên jênggi, tuwin punapa ingkang dados dhawuhing pulisi, kêdah dipun èstokakèn.

Topèng gas tumrap rakyat. Wontên wartos, Dienst voor de Luchtbescherming gadhah usul dhatêng parentah, supados kawontênakên tatanan anyadèni topèng gas dhatêng rakyat. Dados tumrap pabrik ingkang damêl, botên ngêmungakên nyadhiyani kangge wadyabala kemawon. Dene ancêr-ancêring rêrêgèn satunggal iji f 3,-.

Margi ingkang badhe dipun yasani dening Niam. Nederladsch Indisch Aardolie Maatschappij badhe angadani damêl margi saking Têmbono dhatêng Kueang ingkang panjangipun wontên 157 km. Yasan margi punika kawigatosanipun badhe kangge anggampilakên lampahing bêbêktan ing laladan Plaju kanthi vrachtauto tuwin sanès-sanèsipun. Waragading yasan wau dipun sadhiyani f 750.000,- tuwin taksih malih f 50.000,- kangge yasa krêtêg. Kajawi punika ing sabên taun taksih nguruni f 24.000,-.

Mêsin tik badhe pajêng. Gêgayutan badhe wontênipun pangajaran ngêtik ing Mulo, Departement Pangajaran ambêtahakên mêsin tik 600 iji. Miturut wartos sampun kathah toko ingkang gadhah panyuwun badhe ngladosi.

Arta bandhanipun P.G.I. Miturut katrangan ingkang dipun umumakên dening artaka Verbond Bestuur P.G.I. ing Bêtawi, dumugining wulan Januari 1939 punika, arta bandhanipun P.G.I. wontên f 28.522.395.

Karisakan ingkang jalaran bêna ing Kêdiri. Jalaran saking wontêning bêna ingkang mêntas pinanggih ing Kêdiri, anjalari risaking tanêman pantun 650 ha, pohung 300 ha tuwin tanêman sanèsipun 300 ha. Tanggul ing bawah Ngronggot dhadhal. Badhe tanêm malih sampun sanès wancinipun.

Anjêmbarakên tukang damêl topi. Sampun sawatawis wulan, afdeeling Nijverheid Departement Economische Zaken andhèkèk têtiyang tukang ndamêl topi wontên ing Kudus, pêrlu kadhawuhan mulang dhatêng têtiyang ingriku, supados pakaryan damêl topi pinanggih saya jêmbar. Pinanggihipun ing sapunika ing Kudus sampun wiwit wontên tiyang ingkang sagêd nganam topi.

Griya-griya enggal ing Bandung. Bestuur Gemeente ing Bandung ing wêkdal punika sawêg ngrêmbag ing bab badhe damêl griya cacah 100 dumugi 150, ingkang sewanipun wiwit f 60,- dumugi f 100.-. Papan ingkang badhe dipun dêgi griya inggih sampun wontên, namung kantun ngêntosi karampunganipun. Miturut wartos, griya-griya wau pêrlu kangge sadhiyan samangsa kantor pènsiyun saèstu pindhah dhatêng Bandung.

Cacahipun kuli ingkang malêbêt dhatêng Deli. Mitutur katrangan, kuli ingkang malêbêt dhatêng kabudidayan ing Deli ing taun 1938 wontên 11.000 jiwa.

Wêwahing jiwa ing Bêtawi. Miturut pèngêtan, dumugining wêkasan taun kêpêngkêr, cacahing jiwa ing bangsa Eropa wontên 47.000. Miturut pêpetangan wau dados indhaking jiwa wiwit wêkasaning taun 1937 wontên 2100. Tumrap sanès bangsa indhakipun ugi kathah. Petanganipun ringkêsan, jiwanipun ing Bêtawi wontên 394.000, tiyang siti, bangsa Tionghoa 76.000, bangsa ngamanca wetanan 7500. Dados sadaya gunggung 524.500.

Sêpur dalu saking Cirêbon. Benjing malêm Jumuwah dhawah tanggal 4 Mèi ngajêng punika, sêpur dalu ingkang saking Cirêbon badhe wiwit kalampahakên, bidhalipun saking Cirêbon jam 6.07 sontên.

Badhe ngêdêgakên Centrale Volksbank. Tuwan Mudayat, Sugana Ranasêntika tuwin Abdulhamid ing Bandung, gadhah sêdya badhe ngêdêgakên Centrale Volksbank, apawitan sayuta rupiyah. Ing sapunika sawêg kêklêmpak sarana nyade aandeel.

[Iklan]

Arta kêrtas reckame dados sabab. Sampun sawatawis dintên wontên tiyang dhatêng ing jav. Bank Surakarta pêrlu badhe nglintokakên arta kêrtas, namung nyatanipun arta kêrtas wau arta reclame ingkang awujud kêrtas rêgi f 100,-, ingkang sasisih awujud rêgi f 200.-. Sarêng bab punika dipun titi, arta kêrtas wau asli saking tiyang ing dhusun Boyo, anggènipun angsal saking anggèning sadhe maesa. Sarèng tiyang wau badhe ngajal, arta punika dipun sukakakên dhatêng waris. Dados ing kala samantên tiyang ingkang angsal sakawit punika kapusan. Ing salajêngipun lajêng dados papriksan. Dèrèng wontên karampunganipun.

Têtiyang ingkang badhe boyongan dhatêng tanah sabrang. Miturut katrangan, têtiyang saking bawah Ngayogya ingkang badhe boyongan dhatêng tanah sabrang ing laladan Ngayogya wontên 2144, isi jiwa 8400. Tiyang samantên wau asli saking laladan Gunungkidul, Ngayogya sisih lèr, tuwin Ngayogya sisih kilèn (Kulon Progo).

Dr. Th. G. Th. Pigeaud badhe wangsul. Wontên wartos, kawrat kêkancingan saking Directeur Pangajaran tanggal 3 Februari 1939. Dr. Th. G. Th. Pigeud badhe wangsul saking Eropa, manggèn ing Ngayogya malih. Namung sadèrèngipun dumugi ing tanah Jawi, kaparêngakên mampir dhatêng Belawan-Deli rumiyin, pêrlu badhe nyinau babagan kawontênanipun tanah Sumatra, wiwit tanggal 11 Februari.

Sêpur dalu benjing pasar malêm. Wontên wartos, benjing pasar malêm ing Surakarta, S.S. badhe ngawontênakên sêpur dalu saking Jèbrès dhatêng Madiun. Kajawi punika N.I.S. inggih badhe ngawontênakên sêpur dalu mlampah mantuk saking Tugu dhatêng Balapan, tuwin saking Balapan dhatêng Sêmarang.

Baita pamiyasan ulam katut ombak. Ing sagantên pasisir Madura sisih kidul mêntas wontên angin agêng, ingriku anjalari wontên baita pamiyasan ulam ingkang katut ing ombak cacah 6, ingkang 2 kêbuncang dumugi ing Brantas, ingkang 4 kêbuncang dumugi Sapudi. Rahayu botên wontên kasangsaran. Namung têtiyangipun ngantos tigang dintên tigang dalu sami rêkaos tuwin botên nêdha, wilujêng sami sagêd dumugi griya.

Vakschool têngahan. Awit saking ada-adanipun golongan Katoliek badhe ngêdêgakên Vakschool wontên ing Sêmarang. Pamulangan wau kangge lare èstri. Ingkang wontên pamulangan kados makatên punika sawêg ing Bêtawi.

Tukang musik gadhah atur dhatêng Raad Kawula. Awit saking aturipun tuwan Otto Franz Schubert ing Sêmarang dhatêng Raad Kawula, supados para tukang musik ingkang botên anggadhahi padamêlan ingkang têtêp, kaparingan panggêsangan.

Ama wangwung ing Purwodadi. Ing wêkdal punika ing laladan Purwodadi tuwuh ama wangwung anêdhani godhonging têtanêman, anjalari sudaning wohipun têtanêman. Ama wau sampun dipun tanggulangi mawi walirang, botên wontên dayanipun. Ama kados makatên punika kala ing taun kêpêngkêr sampun nate tuwuh ingriku.

Mriksa têtuwuhan ingkang dados jampi. Awit saking panêdhanipun pakaryan kasarasan, supados tuwan P. Sorgdrager, apotheker ing Sêmarang mriksa jat-jating têtuwuhan tanah ngriki ingkang kenging kangge jampi, kadosta têmulawak, kumis kucing, godhong mêniran sapanunggilanipun. Ing sapunika pamriksanipun tuwan wau sampun angsal 40 warni, taksih badhe kalajêngakên. Miturut katranganipun ingkang mriksa wau, bangsanipun êmpon-êmpon punika sampun dados padaganganipun bangsa Tionghoa.

Têtêpan guru. M. Singgih alias Rêksahartana, Schoolopziener ingkang sampun wachtgeld ing Winong, Pati, katêtêpakên dados kêpala guru vervolgschool No. II ing Karanganyar, Kêbumèn.

Kopi tanah Jawi dhatêng Italie. Miturut wartos, wêlingan kopi saking Italie dhatêng tanah Jawi wontên 10.000 dhacin, lajêng badhe dipun kintuni.

--- 254 ---

Mèngêti adêging batalyon Infanterie. Kawartosakên komandhaning 1e regiment Infanterie Kolonèl W. Schilling, tampi dhawuh supados ngawontênakên paargyan mèngêti adêging 10e, 11e tuwin 12e batalyon Infanterie sampun 100 taun, dhawah benjing tanggal 17 Juni ngajêng punika. Paargyan wau botên namung badhe wontên ing salêbêting kampement kemawon, ugi wontên ing papan jawi. Batalyon wau, ingkang 10e batalyon manggèn ing garniêoen Batavia-Centrum ingkang 11e tuwin 12e batalyon manggèn Meester Cornelis.

Paniti tanah Niew Guinea. Ing bab tindak paniti kawontênanipun tanah Niew Guinea pinanggih marêmakên. Ing sapunika sampun manggihakên papan wiyar ingkang kenging kangge ulah têtanèn agêng. Paniti punika dipun tindakakên dening pènsiyunan overste Gortmans, dipun wiwiti saking laladan Hollandia. Wontên ing laladan Hollandia manggih papan ingkang jêmbaripun 2400 ha. Miturut kawontênaning papan wau prayogi kangge pakêbonan Eropa. Kawontênaning siti sampun kapêndhêt kakintunakên dhatêng Bogor supados kapriksa, dèrèng wontên katranganipun, namung pangintên ing papan kalih panggenan ingkang pinanggih punika tamtu sae. Salajêngipun badhe katindakakên papriksan ingkang titi.

Postspaarbank ing taun 1938. Wiwit Januari dumugining December 1938, cacahing arta ingkang tumitip wontên ing Postspaarbank wontên f 35.878.380,- arta samantên wau ingkang asli titipan saking lare sêkolah wontên f 93.400,-. Gunggung sadaya wau ingkang dipun wangsulakên wontên f 26.810.895,- dados indhaking arta celengan wontên f 9.067.485,-. Ing wêkasaning wulan December 1938 wontênipun arta ingkang dipun lêbêtakên wontên f 51.944.765,- dene petangan makatên ing taun 1937 wontên f 42.877.280.-

Eenjarig Landbouwcursus ing Bogor. Wontên wartos, directeur pangajaran aparing sêrat dhatêng pamulangan-pamulangan ingkang angsal pambiyantu arta saking nagari, manawi sagêd ngawontênakên, supados angajêngakên calon, mêndhêt saking guru ingkang nindakakên padamêlan ingriku sinau dhatêng cursus Landbouw ing Pancasan, Bogor, laminipun sataun parlu kangge pados Landbouwacte.

NAGARI WALANDI.

Nyobi lampah layaran. Miturut wartos saking Rotterdam sampun kalampahan kawontênakên cobèn-cobèn nglampahakên kapal tank motor gadhahanipun Kon. Shell ingkang agêngipun 12.000 ton, nama Corilla, cobèn-cobèn wau pinanggih sae.

Kasangsaranipun Sibayak botên sapintêna. Ingajêng sampun wontên wartos bilih kapal Sibayak gadhahanipun Rotterdamsche Lloyd tumbukan kalihan kapal pêrang Inggris wontên ing Gibraltar. Katranganipun kapal kalih pisan botên karisakan agêng.

ASIA.

Burma badhe anggadhahi bandera piyambak. Miturut wartos, ing sapunika nagari Burma badhe anggadhahi bandera piyambak, ingkang atêgês madêg piyambak, uwal saking Inggris. Bandera enggal wau awarni dhêdhasar biru ing pojok sisih kiwa nginggil wontên gambaranipun kadosdene bandera Inggris, ing sisih têngên wontên gambaripun pêksi onta mawi bundêran mas. Gambaring pêksi onta wau mirit saking gambaring pêksi onta ingkang pinanggih wontên ing arta rupiyah ingkang kawêdalakên kala ing taun 1852 kala jaman karajanipun Raja Mindon. Kala ing punika pêksi onta wau kaanggêp dados pasêmoning kabangsan Burma.

Kasangsaran motor mabur. Miturut pawartos ingkang dumugi ing Bêtawi, motor mabur propagandha Arado ingkang mêntas dhatêng ing tanah ngriki, nalika mitongtonakên panggêgananipun wontên ing Madras amanggih kasangsaran. Dene kasangsaran wau jalaran saking nalika nuju anggêgana tubrukan kalihan pêksi agêng. Juru nglampahakên tuwin tiyang 1 tiwas.

Wadya Tionghoa tumindak sêrêng. Miturut wartos saking Chungking, wontên wadya anggêgana Tionghoa nêmpuhakên motor mabur dhatêng pabarisan Jêpan ing Wuhu, kaprênah sauruting lèpèn Yangtse. Ing nalika motor mabur wau nêmpuh, lajêng dipun tanggulangi ing mriyêm pananggulang motor mabur. Sarêng motor mabur Tionghoa wau manggih karisakan, lajêng dipun têmpuhakên dhatêng satunggiling kapal pêrang Jêpan ingkang agêng piyambak, lajêng anjêblos wontên kapal pêrang ngriku, punggawaning motor mabur sirna lêbur. Kajawi punika wontên golongan motor mabur Tionghoa nêmpuh ing Hsintzu, satunggiling station ing sakidul provincie Shansi, panyanjatanipun saking gêgana sagêd angèngingi, tuwin wontên malih ingkang nêmpuh tangsi wadya Jêpan ing Huoshien, station ing sacêlakipun Hsintzu sirna babar pisan.

EROPA.

[Grafik]

Pangantèn putri Raja Itali. Inginggil punika gambaripun Prinses Maria van Savoye, putri Raja Itali ingkang wuragil punapadene Prins Louis van Boarbon Parma, ingkang enggal mangke sampun kadhaupakên wontên ing kitha Rome.

Rajapêjah ingkang anggêgirisi. Miturut wartos saking Geneve, Zwitserland, wontên bangsa Walandi kêkalih wontên ing griya pondhokan, ingkang satunggal tiwas, satunggalipun nandhang tatu, saha lajêng dipun upakara wontên ing griya sakit tiyang sakit ewah ing Cery. Ingkang nêmahi tiwas wau Tuwan Veenenbos, directeur Semarangsch Stoomboot & Prauwenveer, dene ingkang nandhang tatu punika Tuwan De Keyzer, hoofdredacteur Locomotief, ingkang sêsarêngan nuju verlof. Miturut wartos ingkang mrajaya Tuwan Veenenbos punika Tuwan De Keyzer ingkang salajêngipun Tuwan De Keyzer nêdya nganyut tuwuh sarana nyudhèt kêkêtêkipun tangan, nanging lajêng sagêd katulungan. Pamrajayanipun ing kala Tuwan Veenenbos nuju tilêm. Wontên wartos malih bilih tuwan kêkalih wau pancèn sampun dangu êndhêm-êndhêman, nanging lajêng wontên wartos bilih sampun rukun. Papriksan ingkang langkung cêtha dèrèng wontên.

AMERIKA.

Ajar-ajaran pêrang ing lautan. Kawartosakên, Amerika Sarikat ngawontênakên ajar-ajaran pêrang wontên ing lautan. Kapal pêrang Houtson dipun titihi Roosevelt malêbêt ing laladan Carribbean, ingriku lajêng badhe kawontênakên ajar-ajaran pêrang ingkang sakalangkung agêng, ingkang ing Amerika dèrèng nate wontên, ingriku wontên kapal pêrang cacah 150, anggadhahi upsir tuwntuwin. andhahan 60.000. Ing wêkdal ajar-ajaran pêrang punika, Roosevelt nunggil kalihan Admiraal Leahy, nyatakakên caraning panêmpuh dhatêng pulo ngriku, ingkang rekanipun karêbat badhe kangge babagan tataning baris ing pasisir Antius tuwin Panamakanaal.

--- 255 ---

Wêwaosan

Ambêtahakên Tiyang Sêpuh

5

Sujana: Punika srutu sikago.

Kyai: Hayah, kowe kuwi anggarap wong tuwa. Kowe kuwi rak têgês pitakon: sapa kang awèh. Brêkahe priyayi akèh, thole. Aku tak ambacutake kandhaku bab lakon Wahyu Cakraningrat, kuwi cêkake mangkene: Wahyu Cakraningrat iku wahyuning kamulyan, wahyuning kanugrahan, iya cêkakane ratu-ratuning wahyu. Pancèn wahyu iku kang tansah dadi pangajapaning manungsa, nanging wahyu mau tumibane mung ana wêwadhah kang bêcik têmênan, karêping bêcik, iku suci. Dadi kang katiban iku iya wong kang suci têmênan. Mung tumraping panjôngka, samubarang panjôngka apa bae sok dilèrègake, yèn kasêmbadane mau saka katiban ing Wahyu Cakraningrat. Nanging iya wis kêna, awit sawarnaning panjôngka iku iya wis nganggo lêlambaran kabêcikan, lan tekad kang mantêp têmênan. Mulane tumibaning wahyu mênyang Radèn Ôngkawijaya, têgêse Radèn Ôngkawijaya kang wadhahe mênang bêcik, tinimbang kang duwe karêp liya-liyane.

Yèn ngèlingi lêlakon kang kaya mêngkono mau, anggone Surasêntika milih lakon ngono, mêsthi ana karêpe. Ing kana ana lêlakon apa, ta.

Sujana: Kados botên wontên lêlampahan punapa-punapa.

Kyai Amad: Aku krungu jare lurah desa ing Kuwaron munggah kaji.

Sujana: Inggih, malah wartosipun ngajal wontên ing purug.

Kyai Amad: O, yèn mangkono dadi lurah desa ing Kuwaron saiki lowong. Gèk sapa, ya, sing dadi.

Sujana: Dèrèng wontên, bah. Anu bah, sayêktosipun anggèn kula sowan mriki badhe nyuwun pangèstu, kula sagêda kadhawahan wahyu lurah dhusun.

Kyai Amad: Aku iki sok gumun mênyang kêkarêpaning para nonoman, wong prakara ngono kok digolèkake sarat, kuwi rak dudu anggone, la yèn wong bisa nyarati kang kaya ngono, tênèh ora ana tatanan bênêr. Anu, le, dadi saiki aku ngrêti, mêsthi anggone Surasêtika duwe prêlu mau iya ana ambu-ambune kapengin katiban wahyu lurah desa. Tandhane nganggo nganakake lakon Wahyu Cakraningrat, iku rak minôngka pamuji mênyang awake. Kajaba iku iya prêlu golèk daya supaya disuyudi ing wong akèh.

Sujana: Sanadyan makatêna, namanipun wahyu, inggih pundi ingkang kuwawi kadhawahan.

Kyai Amad: Yèn ngèlingi mangkono, dadi kowe iya kudu ngrêti, yèn wahyuning drajat, iku kêna disaranani saka tindak kanalaran, têgêse lair. Ora liya mung kudu sarana lêlabuhan kang bêcik. La kowe, anggonmu omah ana ing Patrarêjan wis tau duwe lêlabuhan apa. Lan manèh kowe kuwi rak dudu wong Blabag Kuwaron, ta.

Sujana: Inggih sanès Balabag Kuwaron, nanging kula gadhah bêngkok sabin wontên ing Kuwaron. Dene prêkawis lêlabêtan rumaos kula inggih sampun kathah.

Kyai Amad: Yèn saka rumasamu dhewe, iku durung kanggo, ala bêciking lêlakon ngomah iku tinêmu ana pamawasing liyan. Angèl, thole, anjôngka wahyu iku. Yèn gampange, bêcik disèlèhake, iku gumantung ana ing kabêgjan. Gene nganggo kogagas-gagas.

Sujana: Botên, bah. Sayêktosipun kula punika gadhah kajêng sanès ...

Kyai Amad: Êlo, karêp apa manèh thole.

Sujana wicantên sêrêt: Anu êmbah, sayêktosipun kula punika kapengin mêngkoni anakipun Surasêntika, ingkang namanipun Srikuning punika.

Kyai Amad mirêng ginêmipun Sujana ingkang wêdalipun sêrêt wau, kêraos ngêrês ing manah, lajêng nyawang dhatêng Sujana, saha lajêng tumungkul kêmbêng-kêmbêng. Salajêngipun wicantên: O, Sujana, barêng aku krungu gunêmmu kang kangkono, atiku krasa ngêrês, aku ngrêti yèn atimu mêsthi rusake. Nanging kapriye ta, mungguhing jêjodhohan, iku iya luwih gawat, yèn piandêling wong tuwa, jodho iku dudu gaweaning manungsa. Saya tinêmune ing jaman saiki, jêjodhoan iku, tumraping wong tuwa ora mardika têmênan panguwasane mênyang anak, uga ana rasane gumantung mênyang bocah kang arêp anglakoni, iku iya luwih gawat. Yèn aku ngèlingi, suwargi êmbahmu iku sadulurku tuwa, aku wajib milu ngêmbat apa

--- 256 ---

kang dadi kêkarêpanmu. Nanging kapriye gèr, ewuh anggonku minangkani, awit wong jêjodhoan iku kalakone dudu bangsane sarat lan guna pangasihan, gampangane kudu ana kang nglakoni, wong tuwa kari nêrusi.

Sujana: Êmbah, sayêktosipun, manawi pun Srikuning makatên inggih sampun wontên sajak-sajakipun purun kula pêndhêt, nanging tiyang sêpuhipun botên lila sangêt manawi kula pêndhêt. Awit pangajêng-ajênging tiyang sêpuhipun, sagêda anakipun laki anakipun tiyang sugih.

Kyai Amad: Iku iya jênêng ora kliru, pancèn wis mathuke mangkono, sugih padha sugih, dadi wong sugih ngêpèk mantu wong mlarat iku jênêng nyalênèh. Lan manèh thole, kowe kuwi tumrape karo Surasêntika jênêng mêmungsuhan rangkêp, sapisan padha rêbutan ngarah drajat, kaping pindhone ngarah anake. Rêkasa kowe gèr. Wis ta, mangkene bae Sujana, kowe bêcik narimaa, prakara pangarahmu mênyang anake Surasêntika iku prakara buri. Kang luwih prêlu saiki kowe tumêmêna anggonmu nyambutgawe, tinêmuning kanugrahan iku, utamane ora kaya kang jalaran kang dilakoni kalawan tumêmêning gawe. Wis, gèr, kowe muliha.

Sujana tampi wêwarahipun Kyai Amad wau, sanadyan namung lugu rêmbag, inggih adamêl marêming manah, saha lajêng pamit wangsul. Kyai Amad tansah nyawang dhatêng lampahipun Sujana ngantos têbih. Sarêng sampun botên katingal, lajêng ngucap: muga kasêmbadana apa kang dadi karêpe putuku Sujana.

IV Êndhêm-êndhêman.

Wangsulipun Sujana saking Karangdlima kados pêpindhanipun satriya mandhap saking pratapan, lampahipun rêndhêt alon, kanthi anggagas lêlampahanipun ingkang rinaos awrat sadaya. Manawi angèngêti anggènipun ngangkah dados lurah dhusun, manahipun lajêng anglês, saking ngrumaosi bilih mêngsahipun sami tiyang pêngpêngan sadaya, têgêsipun tiyang sugih-sugih, ingkang kuwawi ngangkat badanipun saking dayaning bôndha, inggih punika sagêd miluta têtiyang alit murih milih dados lurah dhusun. Saha ing ngriku Sujana inggih lajêng mangrêtos cêtha, bilih anggèning gadhah prêlu Surasêntika ugi kêmoran kajêng amiluta dhatêng têtiyang alit, layak wutahing pasugatan tuwin anggèning ngrahabi têtiyang alit ngantos kados makatên. Môngka tumrapipun Sujana, têbih sangêt sagêdipun tumindak makatên, gèk ingkang dipun êndêlakên kemawon punapanipun, sugih botên, dipun suyudi ing tiyang botên, saking botên wontên ingkang kangge sarana. Manawi ngèngêti dhatêng kawontênanipun piyambak wau, inggih lajêng dados narimah.

Ing ngriku Sujana lajêng nyut èngêt dhatêng Srikuning, manahipun saya karaos-raos, saya lajêng ngrumaosi bilih anggènipun dipun tampik dhatêng Surasêntika, punika botên sanès saking anggènipun botên gadhah, saupami tinitaha sugih tamtu botên makatên. Môngka manawi ngèngêti sêsulakipun Srikuning piyambak inggih wontên titikanintitikanipun. manawi Srikuning purun dipun pêndhêt. Nanging Sujana inggih lajêng ngèngêti, saupami dipun sêronana, nama botên sumêrêp ing lêrês, lajêng katingal bilih mêmpêngipun apawitan kadugi ing manah, tuwin inggih lajêng rumaos nistha manawi ngantos kalampahana, awit lajêng katingal dipun wastani tiyang ngangkah bôndha, iba lokipun tiyang. Mila anggarês ing manah anuwuhakên panalôngsa, kanthi gadhah panuwun mugi sêdyanipun kalampahana kanthi lampah ingkang sae, sampun ngantos tiyang jalêr ngambah ing kanisthan.

Sarêng panggagasipun dumugi samantên, Sujana sawêg kêraos bilih lampahipun sampun têbih, ngambah ing papan ngênthak-ênthak sakalangkung bêntèr. Nalika Sujana nolèh, dhusun Karangdlima katingal kêthap-kêthap manggèn wontên ing papan inggil, griyanipun gêndhèng katingal ngalela kados ngungak lampahipun. Sarêng nyawang ngajêng, katingal wayanganing dhusun Kuwaron, awarni wit bulu agêng ingkang nuju anggogrogi godhongipun, Sujana lajêng anggagas: wah, wit bulu kae dadi wayangane desa Kuwaron, ênggone Si Srikuning, besuk godhonge yèn wis kêtêl, bakal ngayomi awake Srikuning, ngrêksa marang kaslamêtane. Ing desa kae dadi papan padunungane Srikuning, kang agawe têntrêm lan ayêm.

Anggèning anggagas Sujana namung kandhêg dumugi samantên, awit lampahipun sampun dumugi margi agêng saha lajêng pêthukan têtiyang sami mantuk saking pêkên, jalêr èstri sami gêgujêngan urut margi, adamêl arjaning dalanggung, saha nandhakakên bilih têtiyang wau sami pikantukan anggènipun sêsadean.

Lampahipun Sujana dumugi kikising dhusun Kuwaron, kathah tiyang sami kèndêl wontên sangandhaping wit agêng ingkang ngayomi margi. Sujana tumut kèndêl wontên ing ngriku. Têtiyang wau kathah ingkang rêraosan ing bab anggèning ringgitan wacucal Surasêntika ing dhusun ngriku. Sujana mirêngakên kalihan ngusapi kringêtipun ing rai tuwin githok, sajak botên anggatosakên, nanging nyatanipun niling-nilingakên. Badhe kasambêtan.

--- 29 ---

Nomêr 8, 24 Pèbruari 1939, taun IV.

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta Rr. Siti Mariyam, kawêdalakên sabên Slasa.

Panggulawênthah

Nuwun, tamtunipun para sadhèrèk sampun botên kêkilapan malih mênggah suraosipun têmbung panggulawênthah, jêr punika ingkang dados têtanggêlanipun para pawèstri ingkang agêng piyambak. Ewasamantên inggih botên wontên awonipun saupami kula inggih andhèrèk ngaturakên prakawis ingkang namung sapele wontên ing ngarsanipun para maos lumantar udyana Kajawèn punika.

Punapa ta têgêsipun panggulawênthah punika. Panggulawênthah inggih punika atêgês, pangudi murih sae saha jujuring lêlampahan utawi watakipun ingkang dipun gulawênthah.

Panggulawênthah punika botên sami kalihan piwulang. Piwulang punika namung kangge mêwahi sêsêrêpan, ingkang supados ing têmbe wingking sagêda dados lantaraning anggènipun pados pangupaboga. Nanging yèn ginagas langkung rowa malih, piwulang punika inggih sagêd lèrèg dhatêng panggulawênthah, upaminipun: ngèlmu alam, bab kewan, punika lêrês kangge anjêmbarakên sêsêrêpanipun bab kewan, ewasamantên inggih ngêmu raos panggulawênthah, sagêda anggadhahi watak wêlasan, kawêkêlan sapiturutipun. Bab etang, kajawi kangge ngindhakakên kasagêdan, ugi sagêd lèrèg dhatêng watak nastiti, rêsikan sapiturutipun. Dados sampun cêtha yèn piwulang punika ingkang agêng namung kangge prêluning badan kemawon. Nanging kadospundi sapunika tumraping panggulawênthah.

Panggulawênthah punika yèn kula raosakên saèstu, paedahipun langkung agêng sangêt. Jalaran kajawi kangge badan wadhag, ugi sagêd murakabi dhatêng badan kaalusan, badan kasukman. Dados yèn makatên panggulawênthah punika langkung jêmbar têbanipun, lèrègipun sagêda anggadhahi watak katrêsnan, inggih trêsna dhatêng ingkang Murbèng Gêsang, makatên ugi trêsna dhatêng sasamining gêsang. Badhe kasambêtan.

Murtini.

--- 30 ---

Sinjang Pakuningrat

Sinjang Pakuningrat punika sinjang cêplok, isèn-isènipun kêgolong muyêg, pêpak. Soganipun kathah, cêmêngipun katingal ngalela. Sanadyan dhapuring cêploncêplok. agêng, nanging jalaran saking muyêgipun, ngantos sagêd nyamarakên agênging cêplok, punika nandhakakên manawi sêratan luwês.

[Grafik]

Sinjang ingkang sampun nama luwês, punika dipun anggea ing tiyang pawakan kados punapa kemawon inggih namung pinanggih pantês. Makatên ugi tumèmplèka ing pakulitan ingkang cêmêng, jêne, bang-bang awak, namung sarwa purun.

Dene rasukanipun, prayogi ingkang dhêdhasar kêlêm, tumrap tiyang sêpuh ingkang dhêdhasar cêmêng, tumrap ingkang umur-umuran cêkapan soklat utawi biru sêpuh, dene tumrap anèm, ingkang biru pondhoh utawi sanèsipun ingkang raos botên ngêgèt. Namung sêkaranipun miliha ingkang alit-alit tur awis, saha ingkang botên warni-warni ulêsipun.

Mapanipun pisan, gêlungipun kondhe ingkang prasaja.

Sayêktosipun tiyang mangangge punika sagêdipun pinanggih mapan wontên ing sawangan, pancèn angèl. Nanging umumipun, ingkang dipun wastani nyandhang ngangge sae (ingkang dipun wastani nyandhang ngangge sae punika wontên ing sêmbêt, sanès mas intên) punika ingkang sakeca wontên ing sawangan. Kajawi ingkang sampun gadhah karêmênan: sinjang latar pêthak, dipun ênggèni rasukan jêne kêpodhang, punika pancèn anjarag supados adamêl sulaping mripatipun tiyang sanès, saha katingala ngalela wontên ing sawangan.

--- 31 ---

Kamajênganing Wanita ing Tanah Indhu

Ingkang adhakan dipun wastani kamajêngan mênggahing wanita, punika sawarnining tindak ingkang pinanggihipun ewah saking padatan utawi ingkang lèrègipun dhatêng indhaking sêsêrêpan.

Kados ingkang pinanggih ing Turki, bab icaling kudhung, punika kawigatosaning kamajêngan katingal sangêt, awit lajêng katingal bilih ngambah jaman enggal. Inggih jaman ingkang enggal wau ingkang dados pambuka dhatêng ajêngipun wanita, lajêng ical raosing èwêd pakèwêd, adamêl tatag dhatêng pasrawungan tanpa pilih golongan, têgêsipun tumrap golongan èstri ugi sagêd angêmori damêl wontên ing golongan jalêr. Tamtu kemawon tumindakipun lajêng sagêd sêsarêngan. Tata ingkang nêmbe katindakakên wau tamtunipun nalika sakawit inggih wontên raosipun pakèwêd, ingkang nglampahi tuwin ingkang nyawang sami kagètipun, dening kêtêmbèn, nanging dangu-dangu lajêng sakeca, botên ngêmu sabab punapa-punapa.

Tindak cara ngicali kudhung wau dangu-dangu saya tumular, ingkang atêgês tumularing kamajênganipun. Cara kamajêngan ingkang kadospundi makatên punika, tumrap ing Karachi tanah Indhu, taksih rinaos awrat dening para wanita, wontênipun taksih rangu-rangu, nanging dangu-dangu inggih mêksa kêdayan. Namung tumraping para sêpuh ingkang limrahipun dipun wastani kolot, taksih puguh dèrèng purun angewahi tatacaranipun.

Nanging lampahing kamajêngan kados sampun botên kenging dipun duwa malih. Tumrap ing Karachi wau mêntas wontên putri bôngsa luhur golongan kolot ingkang kaparêng mêdhar sabda wontên sangajênging radhio ing papan parêpatan. Ing ngriku adamêl cingakipun ingkang sami sumêrêp, dipun anggêp satunggiling kaelokan. Mriksanana gambar.

Tindak ingkang nama katêmbèn wau tamtu dados rêraosaning akathah, lajêng amastani anèh, dene nyulayani kalihan tata ngadat ingkang sampun tumindak salami-laminipun. Nanging manawi dipun pêndhêt pathinipun, wosing prêlu ing ngriku pinanggih wontên ing wêdharipun sabda. Dados wêdhar sabda saking lêbêting kudhung, punika botên badhe cabar dayanipun.

Ing ngriku lajêng katingal, bilih kajênging kamajêngan punika namung lèrèg dhatêng sae, panganggêp kudhung makèwêdi, utawi kudhung botên ngalang-alangi, punika lêrês sadaya.

--- 32 ---

Bab Olah-olahan

1. Sambêl gorèng trasi

Trasi watawis wawrat saprasakawan katos, kaêjur ingkang ngantos lêmbat lajêng kasaring ngangge kalo. Bumbunipun: santênipun kapara kathah, brambang, bawang, lombok, laos samasami. karajang alus, gêndhis, sarêm samurwatipun, asêm sakêdhik, urang èbi. Pangolahipun: bumbu wau kajawi santên saha èbi, kagôngsa utawi kagorèng mawi lisah sakêdhik. Manawi sampun katingal jêne, lajêng dipun santêni. Trasi saha urangipun inggih lajêng kaêmorakên pisan. Panggorèngipun ingkang ngantos mêdal lisahipun. Dados ingkang tanêg saèstu.

Pandhaharipun ingkang mathuk mawi lalaban: boncis, cipir, kacang lanjaran.

Sambêl trasi punika ngantos tahan sapêkên, punapa malih manawi sabên-sabên dipun êngêt.

2. Sambêl gorèng ayêmayam (dan di tempat lain).

Ingkang kadamêl ayêm punika ingkang mathuk manah, daging inggih kenging, pandamêlipun manah utawi daging punika dipun irisi agêngipun watawis saklungsu agêng. Bumbunipun: bawang, laos, gêndhis, sarêm ingkang ragi kathah, kawadhahan ing lodhong katutup rapêt, lajêng dipun êpe. Manawi manah saha daging wau sampun katingal pêthak, inggih punika watawis sapêkên, sawêg kenging kaolah.

Bumbunipun sambêl gorèng ayêm punika: brambang, bawang, lombok, laos, godhong salam saha santên, manawi raosipun kirang asin utawi kirang lêgi, inggih kêdah dipun wêwahi sarêm saha gêndhis samurwatipun.

Pangolahipun: bumbu-bumbu wau kagôngsa ngantos katingal jêne sumringah, ayêm kacêmplungakên, lajêng dipun santêni.

3. Abon

ingkang kadamêl abon punika daging lêmbu utawi ayam. Bumbunipun: brambang, bawang, tumbar, jintên, laos, gêndhis, asêm sakêdhik, sarêm.

Pangolahipun: daging kagodhog ngantos êmpuk, lajêng kasuwir-suwir, kadhêplok sampun ngantos ajur, kacarub kalihan bumbu ingkang sampun kaulêg lêmbat, tumuntên kagorèng. Panggorèngipun kêdah kathah lisahipun, saha anggènipun nyêmplungakên daging kêdah saking sakêdhik, dados sagêd sae.

Abon ingkang kados makatên punika kagêm lawuh dhahar para sêpuh mathuk sangêt, jêr prasasat tanpa mamah, lah tiyang sampun lêmbat. Badhe kasambêtan.

Nyi Darmaprawira.

--- 29 ---

No. 8, 24 Februari 1939, taun X

TAMAN BOCAH

INGKANG NGÊMBANI: BU-MAR.

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CÈNTRUM. RÊGANE SATAUN f 1.50 KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK. LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.

JÊNÈH MANGAN TÊKA DIUJA.

Pak Blêmbong wis lêmu, kathik sênênge mangan ngudubilah. Dhèk nalika Pak Blêmbong isih sugih dhuwit, pagawean sing disênêngi dhewe yaiku ngadhang wong dodol. Sanajan wêtênge wis kêbak mêncêp, nanging yèn krungu: "thèk, thèk," bakmi liwat, mêksa njranthal nututi, jalaran pangrasane bakmi iku ana ing njêro ringkês, dadi sênajan wêtênge wis kêbak mêncêp, isih mêksa durung bisa mbludag. Malah pamikire: "La bok tongsèng sawajan êngkas iya isih amot." Apa wêtênge Pak Blêmbong ora tau lara? E, ya tau, malah kêrêp, nanging Pak Blêmbong duwe aji-aji jimat cêsplêng yaiku irus dikêruk-kêrukake ing wêtênge. Wah saru ya! Nanging Pak Blêmbong wis ora idhêp saru. Lawas-lawas Pak Blêmbong sajak mundhak mblêmbong. Lêngêne, pupune pating pêndhokol kaya kênthongan glugu, wêtênge mlênthu kaya balon, candrane awake nganti mèmpêr gambar reklame ban Michelin kae.

Anuju ing sawijining dina Pak Blêmbong nunggang montor bis. Wadhuh, wong ing jêro bis kono padha susah kabèh. Pancène sêdhêng wong 25, kuwi mung cukup wong 23. Kuwi bae kondhèkture mêksa ora uman papan. Mripat pirang-pirang ênêre mênyang Pak Blêmbong kabèh, nanging sing diingêtake ora isin ora barang, malah linggihe pijêr usêk bae, nganti kancane nunggang padha bêkah-bêkuh, kringête dleweran.

Barêng wis têkan panggonan sing diparani, Pak Blêmbong ngadêg nyat arêp mudhun.

Wong jèjèrane lungguh padha ngunjal ambêgan kabèh, batine sênêng bangêt.

Delalah Pak Blêmbong sikile karo pisan gringgingên. Nalika ngadêg nyat arêp njangkah, banjur gluyuran, wêkasan tiba kêlumah ana ing antarane bangku têngah karo bangku pinggir. Barêng arêp ngadêg manèh ora bisa, sabab sêsak, awake kêjêpit.

Pak Blêmbong bêngok-bêngok njaluk tulung, iya banjur padha ditulungi, nanging sarèhne sêsake bangêt, dadi mêksa ora bisa. Kojure Pak Blêmbong bis mandhêge ana ing kono ora suwe nuli mangkat manèh, dolit-dolit ... dot-dèt ... Pak Blêmbong iya katut. Turut dalan wong-wong isih padha ngêrah Pak Blêmbong, suwe-suwe barêng bisa nggronjal mlindhês watu gêdhe, Pak Blêmbong bisa uwal saka ing bangku, nanging kulite mêksa mlècèt, jarike anyar suwèk. Barêng mudhun dijaluki tambah opahan anggone kêbacutên nunggang karo kondhèkture.

Rak akèh ta kapitunane Pak Blêmbong !

Baline, Pak Blêmbong kêpêksa dharat, sabab golèk andhong ora ana, arêp nunggang bis manèh wêdi, kuwatir yèn kêpindhon anggone kêjêpit.

Pak Is.

Padha trampile.

LÊGI: Sir-kusir.

PAING: mBang-kombang.

LÊGI: Mampir dhik.

PAING: mBotên kang.

LÊGI: Rujak dhik

PAING: Pêdhês kang.

LÊGI: Maca Kajawèn dhik.

PAING: Sênêng kang.

Pak Chaèr.

--- 30 ---

KÊMIDHI KODHOK

[Grafik]

Lah iki iya kodhok kêmidhi manèh. Wah kathik kaya uwong. Ana sing ngadêg nyêkêl bêdhil. Ana manèh sing kaya wong nonton. Coba tamatna cah. Patute kaya lagi landrad-landradan. Pêsakitane kodhok ênêm sing padha lungguh ana ngarêpan. Kodhok loro kiwa têngên sing nyêkêl bêdhil kuwi ethok-ethoke pulisi utawa srêdhadhune, njagani aja nganti pêsakitane ngamuk. Banjur sing pêtentang-pêtèntnèng ngadêg ana sisih kiwa kuwi pokrole. Apa ana, mung kodhok bae kaya ngono rekane. Pintêr kowe bocah-bocah kaya kodhok kuwi?

[Grafik]

Ora mung bocah bae sing dhêmên bandhulan lan lumpat-lumpatan, kodhok kok iya. Dêlêngên kuwi, ayake kodhok sêrdhadhu lagi padha diajar main gymnastiek ana ing los gymnastiek. Bandhulan lan liya-liyane iku apa iya olèhe padha gawe dhewe-dhewe. Nanging ayake uwong sing nggawèkake. Banjur sing ngajari mêsthine iya uwong. Wah pintêre ya, ngajari kodhok kok bisa. Ayake arêp diênggo mbarang kêmidhi, banjur têkan tanah Jawa barang. Besuk dha nonton ya, cah-cah.

RÊCÈPE PITIK LARA

Bocah-bocah kang padha ngingu pitik, padha tênanana olèhmu ngopèni, marga pitik sing kêna lêlara iku yèn wis kasèp angèl bangêt tamban-tambanane, malah-malah akèh sing padha mati, tur ora mung siji bae, manawa wis ana sing lara siji, mêsthi banjur kabèh padha kêtularan.

Prayoga rêsèp iki cobanên dhewe, sing uwis-uwis aku dhewe nyoba, pitike kêtulungan. Yèn esuk-esuk mbukak kandhang pitik, prayoga siji-sijining pitik dêlêngên, ana sing têlihe isih gêdhe apa ora, amarga sing têlihe isih gêdhe kuwi sing ngêmu lara, manawa ora enggal mbok tambani, mêsthi banjur ngantuk, ora gêlêm cêcèkèr, ora doyan mêmangan, ing pungkasane banjur mati.

Prayoga cobanên tambanana kaya ing ngisor iki:

Ulêgna bawang putih saksiyung lan gula jawa akèhe tikêl loro karo bawang mau, banjur pitike lolohên tamba mau. Manawa wis diloloh, aja dipakani, kudu dikurungi pisah lan kanca-kancane, amarga lêlara mau nular. Sadina diloloh kaping têlu, sarta mung diwènèhi ngombe thok.

Esuke têlèke tilikana, manawa têlèke putih, tandha yèn isih lara, dadi isih diupakara manèh kaya sing uwis. Manawa wis têlung dina têlung bêngi, mangka têlèke isih putih, lagi kêna dikèki pakan sêga thok yèn sore, sauwise diloloh. Manawa durung kasèp mêsthi marine.

Aja kuwitir pitike kalirên, marga aku dhewe wis tau tuku pitik, kêblusuk pitik wis lara, tur rada kasèp sithik.

Pitik mau tak upakara kaya ngono nganti 15 dina, banjur waras manèh.

Aku dhewe ya gumun bangêt, ing atase sato kewan cilik mung sabên têlung dina sapisan olèhe makani, kok iya ora mati kalirên.

Bu Tiek.

--- 31 ---

DONGÈNG KANG ORA CUTHÊL-CUTHÊL

Ana ratu. Ratu mau kêpenging ngrungokake dongèng kang ora ana cuthêle. Ndangu karo abdi pujangga kang sowan, diunjuki: ora ana, wiwit jaman kuna mula, anggêr ana dongèng mêsthi ana pungkasane. Ewadene manawa sang prabu krêsa nganakake sayêmbara, mbokmanawa ana wong pintêr sing wêruh dongèng sing ora ana êntèke.

Unjuke pujangga mau didhahar. Sang prabu banjur ndhawuhake sayêmbara, sapa-sapa sing bisa ndongèng ora ana êntèke, bakal diganjar.

[Grafik]

Krungu sayêmbara kang menginake mau, akèh bangsa ahli crita ing ngêndi-êndi kang têka ing nêgara mau prêlu nglêboni sayêmbara. Ana sing duwe crita, didongèngake 100, 150 dina lagi cuthêl. Nanging sadawan-dawanane dongèng, pungkasane iya cuthêl. Sang prabu kagungan panyana, yèn pancèn ora ana dongèng sing tanpa wêkasan, mula saka krêsane sayêmbara mau arêp dijabêl bae. Nanging durung klakon dijabêl, ana bocah têka ing kraton kandha arêp nglêboni sayêmbara. Karo abdi-abdi ing kraton, bocah mau digêguyu, nanging bocahe mêksa bae. Banjur ngayang têrus mlaku nganggo tangane, sikile ana ing dhuwur karo calathu: "Punapa para pujangga wau inggih sagêd mlampah makatên? ... Rak taksih pintêr kula?"

Klakon bocah mau ngadhêp ing ngarsane sang prabu, banjur crita:

Kaki Nala griyanipun cêlak bêngawan. Watawis lampahan satêngah dintên kalihan sagantên. Manawi kaki Nala bêtah sarêm lajêng kesah dhatêng sagantên mbêkta jun mêndhêt toya. Satunggaling dintên nalika piyambakipun rigiyêkan mantuk mbêkta jun, gadhah gagasan: Upama bêngawan iku banjur asin, aku karo tangga-tanggaku rak ora usah ngamèk banyu mênyang sêgara." Kaki Nala lajêng gadhah niyat damêl asinipun toya bêngawan. Lajêng mêndhêt toya sagantên, kabêkta mantuk dipun sok ing bêngawan, bidhal malih mêndhêt toya sagantên, dumugi ing dhusunipun lajêng dipun sok ing bêngawan malih. Toya bêngawan lajêng dipun icipi. Taksih dèrèng asin, mêndhêt toya sagantên malih, dumugi bêngawan dipun sok malih; mêndhêt ...

Sang prabu mirêng crita wau gumujêng, banjur ngandika: "bênêr dongèng iku ora ana tamat-tamate, ngamèk banyu disok, ngamèk manèh disok manèh, la yèn ki Nala mati?"

Anakipun ingkang nglajêngakên, gusti.

Yèn anake iya mati, mangka anake mau ora duwe anak, kêpriye?

Tangganipun wontên ingkang purun nêrusakên.

La kapan asine banyu bêngawan mau?

Botên asin, gusti, awit manawi asin dongèng kula punika lajêng cuthêl.

Apa kowe isih duwe dongèng kang ora êntèk-êntèk kaya iku?

Taksih, ananging badhe kula tilarakên anak kula benjing, kangge nglêbêti sayêmbara, gusti.

Ganjaran sing wong pintêr-pintêr ora bisa ngrêbut, têmahane mung kêna ing bocah sing ugal-ugalan mau.

Gambini.

--- 32 ---

LÊLUCON

RUMASA PINTÊR

Jahid: "Sil, kowe lagi lara, apa lagi prèi?"

Kasil: "Ora, aku ora lagi lara ora lagi prèi."

Jahid: "Genea ora sêkolah?"

Kasil: "Mundhak kêpintêrên nèk aku sabên dina mlêbu sêkolah. Pak guru mêsakake, bingung olèhe mulang aku."

Kun Dam, Panêmbahan, Jogya.

Padha pintêre.

Sukir: "Ri, dakcangkriman ya, bêdhèkên!"

Hari: "Ya, kêpriye?"

Sukir: "Sikil gajah yèn dipidakake êndhog pêcah apa ora?"

Hari: "Mêsthi pêcahe."

Sukir: "Apa gajah-gajahan opak, dipidakake êndhog bae pêcah?"

Hari: "Apa êndhog waja diidak gajah ora pêcah."

Sukir - Hari: "Ha, ha, ha."

Suyamto, Patukan, Jogya.

ORA WÊRUH ADRÈSE

Si Dalil arêp kirim layang mênyang mitrane ing Bêtawi, ananging dhèwèke lali adrèse. Nuli enggal-enggal nulis. Bapakne takon: "Le, kowe gawe layang mênyang sapa?"

Wangsulane Dalil: "Anu, pak, dhatêng kanca kula ing Bêtawi."

Bapake kandha: "Apa kowe wis wêruh adrèse?"

Dalil: "Dèrèng, mila mênika badhe kula takèkakên rumiyin."

PARIKAN

Guru: "Sapa sing bisa gawe parikan?"

Murid A: "Ula sawah mlayu mêngalor, bocah-bocah, sing andhap-asor!"

Murid B: "Iwak lele nglangi ing kali, nyambutgawe sing ngati-ati!"

Murid C (pêcuca-pêcucu karo gela-gelo): "Gamparan sandhing pangilon, Als lêbaran ingkang kopèn mêrcon."

TANSAH MIKIR AWAKE DHEWE

Tini: "Kowe nèk diparingi panganan, sênêng sing atos, apa sing êmpuk, Dar?"

Darsi: "Sênêng sing atos?"

Tini: "Geneya ora sênêng sing êmpuk?"

Darsi: "Iya, sabab yèn atos ora susah diparo karo adhik."

MANGSULI LAYANG

Bocah-bocah, ing Kajawèn nomêr 12 kaya-kaya aku wis ngabarake, yèn aku wis ora manggon ana ing Vliegveldlaan, ananging mêksa isih akèh layang mênyang Vliegveldlaan.

Sajrone sasi iki, sapa sing nglayangi Bu Mar, bêcike diadrèsi mênyang Kantor Balai Pustaka dhisik. Mêngko yèn wis bubar 40 dina rama Petruk, kowe kabèh bakal dakkandhani adrèsku sing anyar.

Saniki, Bandung. Aja pisan dadi atimu, ya, layangmu wis lawas bangêt, lagi dakwangsuli saiki, sabab-sababe rak ya wis ngêrti dhewe ta. Aku tansah ribêd wae, wiwit têka saka Surabaya, ana-ana wae.

Iskak, H.I.S. Majawarna. Karanganmu "Tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati" ora tak pacak. Dudu dongèngan bocah. Golèka liyane bae.

Moecharam, Bandung. Luconmu dudu lucon bocah. Dadi ora tak pacak. Mangkono uga dongènge, iya dongènge wong tuwa. Mulane golèka liyane bae, ya, Moech.

Kustiyah, Purwokêrto. Kus, pancèn yèn wong arêp ora dawa umure kuwi, ndilalah sok ana-ana bae, iya ngguyokake, sapola tingkahe iya sok andêmênakake. Bab sedane rama Petruk, ora susah kokpikir jêro-jêro, wong wis tinakdir. Mbesuk suwe-suwe rak ya ana sing dadi gêntine, dadi pangayomane kowe kabèh. Yèn kowe tantahtansah. gêtun bae, mundhak ora kêpenak kanggo sing ninggal.

Karanganmu wis dak tampani kanthi sênêng.

Wara Boscharie, Langênastran II Jogja. Sampun pisan dados panggalih, dene anggèn kula ngaturi wangsulan radi kasèp. Wah malih gêrahipun suwargi punika dadakan. Kados panjênênganipun sampun kraos, bilih badhe potrèt tiyang tiga, botên nate èstu. Mila kula botên sagêd ngaturi. Dene manawi panjênêngan badhe maringi gambar panjênêngan ingkang sêkalian, inggih badhe kula tampi kanthi bingahing manah.

Rusidi, Blitar. Aku wis tampa layangmu belasungkawa, bangêt panrimaku. Sukur dene kowe duwe panêmu sing kaya ngono.

Suprapta, Salaman, Magêlang. Karanganmu wis taktampa. Saiki durung bisa dipacak, liya dina bae, yèn ana papan.

Jaka Bodo, Jogya. Bangêt sênêngku, kowe mrêlokake kirim layang ngajak têpungan karo Bu Mar sarta mèlu urun ngisèni karangan.

Gambini, Surabaya. Kirimanmu prentbriefkaart isi rêrêpèn wis daktampa kanthi bungah.

Suharya, L.L. Neutr. H.I.S. Klampok. Aja pisan dadi atimu ya, aku ora bisa nuruti apa panjalukmu. Saiki aku lagi ora kobêr mênyang toko Hoppenstedt. Bêcike kowe kirima layang manèh bae mênyang tokone, nêrangake kêpriye kaanane. Ngêrtia, yèn toko mau ora mung ngladèni wong siji, pirang-pirang sing kudu diladèni.

N.D. Juni, Jogya. Aku mèlu bungah, kowe ora sida diêdunake mênyang klas IV. Saiki sing mêmpêng anggonmu sinau, cikbèn entuk diploma.

Karanganmu uga wis daktampa, nanging aja dadi atimu, ya, ora kapacak, marga kurang bêcik. Coba gawea manèh sing luwih bêcik.

Supiathardiyah, Ciseru, Cipari. Wah cuwa atiku, dene aku ora bisa ngaturi potrète si Batik mênyang bapak ibu, marga aku ora duwe, lan manèh si Batik kuwi dudu baturku. Miturut pangandikane bêndarane si Batik, si Batik jare ora tau gêlêm dipotrèt, isin wêruh rupane dhewe. Apa manèh saiki awis nyantri, panggonane ana ing pondhok pêsantrèn, wis ora niyat-niyata potrèt.

Widada, Pamayoman, Bandung. Manawa kowe bisa nêmbang ladrang Westminster lan kêtawang Ksatriyan, coba Bu Mar kirimana noote lan têmbange pisan. Ana sêdulur sing kêpengin bisa.

Ong, H. H., Gading 45, Solo. Aku wis tampa layangmu isi karangan, ora liya bangêt panarimaku.

Sri Sasanti, Priyambadan, Solo. Aku wis tampa kirimanmu layang karo-karone. Aja nêsu, ya Sri, olèhku mangsuli kasèp bangêt, awit tansah ribêd bae.

Endang Wêrdiningsih. Aja kuwatir, yèn pinaringan slamêt, Bu Mar iya bakal nêrusake momong kowe kabèh.

Raraparyati p/a R. Supardi, Cirêbon. Sing gêdhe pangapuramu nyang Bu Mar. Saking akèhe layang sing taktampa, wêruhku yèn kowe uga melu nglayangi lagi bae. Bangêt panarimaku, ya Yat. Matura ibu, durung kobêr ngaturi wangsulan. Isih tansah ngladèni lan ngarêm-arêmi ibu Petruk.

Lumintu, Pamoyanan 16, Bandung. Kirimanmu karangan dolanan wis daktampa kanthi sênêng.

--- 0 ---

[Iklan]

--- 0 ---

[Iklan]

--- 0 ---

Kajawèn

No. 20, 10 Maart 1939

Bale Pustaka, Batawi Sèntrêm

--- 0 ---

Babad Giyanti

Anggitanipun Radèn Ngabèi Yasadipura I ing Surakarta. Miturut babon ingkang sumimpên ing Kon. Bat. Gen. v. K. en. W.ing Batawi Sèntrêm. Sadaya wontên kalih likur jilid, sajilid rêgi f 0.50.

Jilid 1.

1. Kartasura bêdhah, kraton ngalih dhatêng Sala. 2. Kabar Sala badhe katamuan Jendral ing Batawi, sarta pêpanggihanipun Pangeran Adipati Mangkunagara kalihan Mayor Hogêndhorêp. 3. Ingkang Sinuhun ing Surakarta mêthuk Jendral dhatêng Samarang. 4. Wontênipun jendral ing Surakarta sarta mula bukanipun Pangeran Mangkubumi sêrik galihipun. 5. Pangeran Mangkubumi mêdal saking nagari. 6. Madêg baris wontên ing Pandhak Karangnôngka, ngalih dhatêng Gêbang, lajêng ajak-ajak Pangeran Mangkunagara sarta Sultan Dhandun Martèngsari, supados kêmpal. 8. Pangeran Mangkunagara ambêdhah ing Kaduwang, Pangeran Mangkubumi ngrampit ing Surakarta, lajêng mundur dhatêng rêdi Garigal. 9. Prajurit ing Surakarta lan Kumpêni angubrês ing tanah Sêmbuyan saanteronipun.

Jilid 2.

10. Angubrês Sultan Dhandhun Martèngsari, Pangeran Singasari. 11. Pangeran Mangkubumi saking rêdi Garigal anggêpuk ing Grobogan sarta ing Dêmak. 12. Kumpêni ngubrês Pangeran Pamot lan Pangeran Mangkunagara. 13. Kumpêni wontên ing Burêng kenging apusipun Surajaya. 14. Wontên ing dhusun Papringan Pangeran Mangkunagara dipun gêcak Kumpêni. 15. Pangeran Mangkunagara wontên ing Dhepok Samakaton. 16. Mayor damêl dora sêmbada, mêjahi tiyang dipun awatakên Pangeran Mangkunagara lan Pangeran Pamot. 17. Baris Kumpêni wangsul dhatêng Sala. Mayor badhe dipun bêsêli Patih Pringgalaya sarta Sindurêja. 18. Pangagêng Walandi ing Sala santun oprup, Pangeran Mangkunagara nglajêngakên lampah badhe sowan ingkang rama Mangkubumi. 19. Pangeran Mangkunagara kapanggih Pangeran Mangkubumi, lajêng kaêtêrakên wangsul mangidul. 20. Pangeran Mangkubumi anggêbag Mataram, botên angsal damêl lajêng mangalèr, nêluk-nêlukakên, dumugi Grobogan, Blora, Jipang.

Jilid 3.

21. Saking Jipang mangilèn, campuh kalihan wadyabala Kumpêni ing salèripun rêdi Kêndhêng, lajêng yasa kitha ing Jakawal. 22. Wontên ing Jakawal Pangeran Mangkubumi mranata panganggenipun abdi, dipun lapuri bilih Dêmak karêbat ing wadyabala Kumpêni. 23. Ing Jakawal mirêng badhe wontên kengkenan saking Samarang, ngajak badhami. 24. Kengkenan saking Samarang dumugi ing Jakawal, saha wangsulanipun Pangeran Mangkubumi. 25. Nyariyosakên kramanipun Pangeran Mangkunagara, kamantu ing Pangeran Mangkubumi, sarta kramanipun Guprênur ing Samarang, karawuhan ingkang Sinuhun ing Surakarta. 26. Ingkang Sinuhun kondur dhatêng Surakarta, kramanipun Pangeran Adipati Anom, sarta karampunganing Kumpêni niyat anêmêni Pangeran Mangkubumi. 27. Bidhalipun prajurit saking kitha Surakarta badhe amikut Pangeran Mangkubumi. 28. Prajuritipun Pangeran Mangkubumi angrampit kitha Surakarta.

Jilid 4.

29. Ing Kitha Surakarta, prajurit angêlut mêngsah ingkang ngrampit kitha. 30. Jayakartika pêjah ing paprangan, kitha Surakarta kêkês, Pangeran Mangkubumi gêtun. 31. Pangeran Mangkubumi ngrampit kraton Surakarta. 32. Pangeran Mangkubumi anjarah-rayah ing Juwana, lajêng wangsul dhatêng Jakawal.

Jilid 5.

33. Kumpêni nglacak Pangeran Mangkubumi. 34. Ing tanah Mataram Tumênggung Jayawinata ambalik. 35. Tumênggung Jayawinata kapanggih kalihan Pangeran Mangkunagara, lajêng campuh pêrang kalihan wadyabala Kumpêni. 36. Sultan Dhandhun Martèngsari nyaruwuwus, dipun tandangi wadyabala Sukawati, lajêng têluk dhatêng Surakarta. 37. Pangeran Mangkubumi tindak dhatêng Ngayoja, lajêng kadhatêngan kengkenanipun Kumpêni saking Samarang. 38. Pangeran Mangkubumi wangsul saking Nyayogya dhatêng Sukawati, Pangeran Buminata dhatêng Sala. 39. Kumpêni nglurugi Ngayogya, Pangeran Mangkubumi têtulung, lajêng katungka dhatêngipun utusan Kumpêni saking Samarang.

Jilid 6.

40. Pangeran Mangkubumi jumênêng nata wontên ing Ngayogyakarta. 41. Sinuhun Pakubuwana II sèlèh kaprabon dhatêng putra, Pangeran Adipati Anom. 41. Wadyabala Kumpêni ngungsir Pangeran Mangkubumi, campuh wontên ing rêdi Tidhar, lajêng madêg karaton ing Kabanaran. 42. Mangunonêng, utusanipun Kumpêni dipun pêjahi wontên ing Kabanaran. 43. Tumuntên Ônggawôngsa sarta Cakrajaya kawêdalakên saking Surakarta, wangsul dhatêng Bagêlèn. 44. Wadyabala Kumpêni campuh kalihan wadyabala Kabanaran wontên ing Banyudana, Bayalali.

Jilid 7.

45. Sinuhun ing Kabanaran bidhal dhatêng Pagêlèn sarta Kêdhu, badhe paring biyantu. 46. Pangeran Mangkunagara kadhawuhan angrampit kitha Surakarta. 47. Paprangan ing pagêlèn.Dilanjutkan pada halaman sampul belakang.