Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1939-01, #1668

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1939, #1668
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1939-01, #1668. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1521.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1939-02, #1668. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1520.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1939-03, #1668 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1519.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1939-06, #1668. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1518.

Kajawèn

No. 3, 10 Januari 1939

Bale Pustaka, Batawi Sèntrêm

[Iklan]

--- 33 ---

Ôngka 3, Sla Kli,Slasa Kliwon (dan di tempat lain, singkatan hari dan pasaran yang sejenis). 19 Dulkangidah Jimawal 1869, 10 Januari 1939, Taun XIV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Slasa lan Jumuwah

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Griya Kumidhi - Wiraosan Sêrat - Têtandhingan Minôngka Palupi - Pangantèn Putranipun Kaptin Kwik Cin Gwan - Pèngêtan "Sangkara-Muda" (S.M.) Pang Madiun - Bab Taun Enggal - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - "Ekonomi Rayat".

Griya Kumidhi

[Grafik]

Sêsawangan tilas griya kumidhi ingkang sakalangkung jêmbar, gadhahanipun bôngsa Yunani.

--- 34 ---

Wiraosan Sêrat

Sambêtipun Kajawèn nomêr 1

Sêrat Damarwulan wêdalan G.C. T. van Dorp en co. ing Samarang, tanpa ciri taun. Mangastuti, sungkêmi padèng sudarma.

Ing lampahan punika wontên ingkang gablog kalih warni. Ingkang satunggal warni: anggène Prabu Rara botên badhe karsa kagarwa dening Seta utawi Kumitir, kadumuk dening Dyah Rarasati. Landhêping panggraita kacihna saking ingkang kacariyosakên ing ngandhap punika:

... ya ta dyah rarasati / dangu mêrbêng pan èsmu luh / uninga pasmoning kang / runtik sêlayaning kardi / tandya matur sarya nyêlak kang pilênggah //

pukulun Sang Murtiningrat / dasihe tur pati urip / yèn marêngi sri narendra / yogi angecani galih / têtawan kalih èstri / tanapi kêpala prabu / gusti yèn padukarsa / yogi tinampenan sami / sampun ngantya gêlah karya suselarja //

Kajawi punika kêndêl lan têtêging manahipun Sang Rarasati katitik saking anggène wani anyêndhu gustinipun makatên:

arjaning praja paduka / tangèh winalês ing puji / pujining lyan samantara / yèn runtik paduka kengis / Dyah Dèwi Rarasati / ature anganyut-anyut / manis awijang-wijang // ...

Pundi dununging panyêndhu.

Têranging aturipun Sang Rarasati wau makatên: Prabu Rara kaaturan angêkêr cuwaning panggalih, awit yèn botên yêkti badhe gêmpal wingiting nata, karana sang nata sampun anyayombarakakên: Sintên ingkang mêjahi Urubêsma badhe kagarwa, wusana sarêng Seta Kumitir angêntasi damêl, ing sêmu badhe cidra ing ubaya, katitik saking cuwaning panggalih, môngka cidranipun Sang Seta Kumitir dèrèng paja-paja kababar, malah kenging têrka kemawon dèrèng.

Êliding dongèng sapada punika: sintên ingkang maos sêrat Damarwulan, kêdah sagêd maos ingkang boten kaserat ing sastra. Môngka kathah sangêt ing Serat Damarwulan: ingkang pêrlu kawaos, nanging botên kasêrat ing sastra.

Nanging punika dede alangan tumraping tiyang kita Jawi, bêbasanipun sampun wontên: Wong Jawa panggonaning sêmu (hêm!).

Prabu Kênya inggih botên kirang lêpasing panggraita, kinlamarana rambut inggih kraos, winayang èsmuning lungit:

Prabu kênya lumuntur sungkawèng driya.

arum aririh dêlingnya: /

--- 35 ---

Mara tampanana yayi / iya èstrine kewala / kang saking Seta Kumitir //

manêmbah netya manis / Sang Dyah Rarasati gupuh / anolih sawatara / dhatêng sang rêkyana patih / sabdanya rum nimbali kalih wanodya //

gêpah risang adipatya / ngêjèpi sang dyah kêkalih / gya majêng sumiwèng ngarsa / ya ta radyan ayu patih§ Patih ing lêbêt: Dyah Rarasati. '/ sang kalih pinapag sih / pinojar sumrah ing têmbung.//

Makatên trajangipun Sang Rarasati, samantên sagêdipun angêkêr putêking panggalih, mèmpêr ta yèn wania anyêndhu Prabu Rara.

Gya jêngkar Prabu Kênya / dènira miyos tinangkil / kang sumewa wus samya magêlaran //

Tansah gita-ginupita / subawa pating kalêsik / bisiking wong neka-neka / ebat mring rahadyan kalih //

Mêkatên watêkipun tiyang kathah (massa) para andêlan lan anut grubyug, kados wataking maesa (kudde-geest) botên sagêd anglêlimbang ingkang raras lan ingkang gablog sêpi saking kritischen zin§ Punika nyata, botên namung tumrap ing massa Jawi, nanging tumrap sadaya bôngsa, maosa kabar gegeran ing Amerika, jalaran tiyang kathah kapiandêlên mirêngakên dongèng ing radhiyo mêndhêt saking sêrat War of Worlds karanganipun H.G.Wells. Ing dongèng dipun cariyosakên: Ing New Jersey wontên tiyang sami dhawah saking jagad sanès, ingkang ambêgta dêdamêl sunar ingkang amêjahi, sangêt dados kagèt lan gègèripun tiyang sa-Amerika, botên sami mangêrtos punika namung karangan. Kabaran punika kawrat ing Bataviaasch Nieusblad, 2 November 1938, Ochtendblad.

Ya ta sang adipati (= Patih Lugêndèr) / anglênggêr tan bisa muwus / palastranya Dyan Sôngka / kya patih kraos ing galih / kang kaetang trêsnanya Dyah Anjasmara //

Dyan kumitir Layang Seta / juwêt duk marna ing jurit / mring jajarira alênggah / myang èsthi èstuning gusti / pitulunging Dewadi / amayang ing titahipun //

Makatên punika ginêmipun tiyang jatmika. "Botên liya mênang kula punika saking pangèstunipun Sang Prabu Rara, utawi kula namung sadêrmi dados wayanging Dewa." Makatên wicantênipun dhatêng jajaripun alenggah ing pagêlaran (= tratag rambat). Nanging, sarèhning jatmikanipun namung angakên-akên, pramila sarêng:

gawok kang pinojaran /

Lajêng:

sangsaya nglantrah dyan kalih //

Botên namung kèndêl samantên / malah lajêng ngathoprak:

Wangsul-wangsul angemba duk mocok murda:

Sawicara ing sanetya / sêsumbarira dènya ngling // Badhe kasambêtan.

Kandhiyur.

--- 36 ---

Raos Jawi

Têtandhingan minôngka palupi

Sambêtipun kajawèn nomor 2

2. Sri Rawana punika bêbudènipun asor, murka candhala ambêg siya, makatên wau lakar inggih sampun layak kemawon, jêr nadyan ingkang rama; Rêsi Wisrawa punika pandhita dibya ingkang mumpuni guna pangawikan, ingkang ibu; Dèwi Sukèsi putri pinunjul, nanging kalanipun badhe anurunakên wiji, nêrak garis anggêr ugêring kasusilan, tumindak angkara murka, ngalap pacanganing putra, botên kawawa nanggulangi godha rêncana, têmahan apêputra gadhah dhasar wêwatêkan asor, murka candhala ambêg niaya. Dados inggih: kacang ora tinggal lanjarane. Inggih lêrês Sri Rawana punika anggêntur kasutapanipun, nanging ingkang kaangkah sanès kaluhuraning batos, kajawi namung dhatêng kalangkunganing kalairan kemawon. Awit saking kandêling dhasar, tipising ajar, sinantosan dening tekad, rinojongan ing akathah, Sri Rawana dados wangkot, adigang-adigung adiguna.

Manawi tiyang purun angakêni bilih dhêdhasaring wêwatêkanipun anak punika botên têbih kalihan wêwatêkaning bapa kalanipun anurunakên wiji, ingkang bêbasanipun: kacang môngsa tinggala lanjarane, saha malih angakêni bilih pangajaran inggih panggulawênthah punika prêlu sangêt, tiyang lajêng tansah ngatos-atos, sageda gadhah anak ingkang mulus bêbudènipun, mangrêtos dhatêng anggêr ugêring kasusilan. Kula pitados sangêt bilih sok tiyanga tamtu kapengin anggadhahi anak ingkang susila, nanging emanipun dene pêpenginan wau limrahipun namung wontên ing rêmbag, botên dipun parsudi kadospundi sagêdipun kasêmbadan idham-idhaman wau.

[Grafik]

Dèwi Sukèsi

3. Sadaya gêgayuhan ingkang murwat punika, saugi dipun lampahi akanthi santosaning tekad, botên wangwang ing pêpalang, bonbotên. mêndha ing panggodha, cêkakipun akanthi: madhêp, ngidhêp, têtêp saha mantêp, saèstu badhe kasêmbadan, kados wêwarah ingkang mungêl makatên: Sapa têmên tinêmênan utawi sapa têmên tinêmu. Ingkang têmên punika lampahipun. Botên kok nêmêni panyuwunipun kemawon, jêr mênggah Ingkang Maha Kawasa punika namung anêksèni saha angawuningani,

--- 37 ---

sadaya-sadaya gumantung ingkang sami anglampahi. Têgêsipun: bilih tumindak sae, inggih badhe ngundhuh wohing kansaenanipun, makatên ugi manawi tumindak awon, inggih mêsthi badhe ngundhuh wohing piawonipun. Mathuk kalihan wêjanganipun Sri Rama dhatêng Ramadayapati makatên:

kunêng lingnya Rama Dayapati / angandika Sri Ramawijaya / hèh bêbakal sira kuwe / gampang kalawam ewuh / apan ana ingkang akardi / yèn wania ing gampang / wêdia ing kewuh / sabarang nora tumêka / yèn antêpan gampang angèl dadi siji / ing purwa nora ana //

Ugi cocog kalihan wêwarahing Wedhatama:

ngèlmu iku / kalakone kanthi laku / lêkase lawan kas / têtêsetêgêse. kas nyantosani / sêtya budya pangêkêsing dur angkara //

Wêwarah ing nginggil punika sok tiyanga mêsthi ngakêni lêrêsipun, bilih tiyang anggayuh punapa kemawon, manawi taksih gadhah manah mangu-mangu, gajêg-gajêg, gèk iya, gèk ora, gèk anu, gèk anu, uwas sumêlang, ajrih dhatêng anu, kuwatos yèn anu, ewêd, angèl, saèstu botên badhe kasêmbadan sêdyanipun. Sampun malih ingkang anggayuh gêgayuhan agêng-agêngan, lah sawêg badhe anggorèng pisang kemawon bilih gojag-gajêg, kuwatos manawi kêsalad ing latu, sumêlang manawi kêcipratan lisah, mêsbimêsthi. lajêng botên tamtu anggêgorèng, inggih botên siyos nêdha pisang gorèng.

[Iklan]

Manawi kamanah saèstu, samukawis pratingkah pupunikapunika.

mêsthi wontên pêpalangipun, namung mêmalangi utawi botên. Jêr ing donya punika pancèn kêbak pêpalang, tuwin manungsa punika asipat apês saha supe, anjalari sagêd kenging pêpalang. Amila prayoginipun manungsa punika kêdah sumungkêm ing Gusti saha kêdah wêweka. Sadaya pêpalang punika manawi dipun mangrêtosi, upamia mêmènèk dados pancadan, mênggahing têtanêman minôngka pandhangiripun, upami ngasah dêdamêl prasasat wungkalipun, mênggahing tiyang mangudi pangawikan dados panggurendaning nalar, mênggahing tiyang tapa brata saha nindakakên kautamèn minôngka pandadar, makatên sapiturutipun.

Nindakakên kautamèn punika bilih kadamêl awrat inggih awrat, jêr kecalan saha kangelan. Nanging manawi kadamêl ènthèng inggih ènthèng, jêr prasasat anênanêm, ingkang ing têmbe badhe [ba...]

--- 38 ---

[...dhe] ngundhuh uwohipun. Langkung prayogi malih nanjakakên kautamèn punika kaanggêpa asok bulu bêkti konjuk ing Gusti, dados nama kumawula namanipun. Mênggahing nalar, sok tiyanga mêsthi sagêd nindakakên kautamèn, namung purunipun dèrèng kapara mêsthi. Inggih jalaran saking raos owêl, uwas sumêlang, gèk anu gèk anu punika ingkang murugakên botên purun. Ingkang dipun sênêngi tiyang punika: wani ing gampang, wêdi ing kewuh, bêbasanipun: arêp jamure, êmoh watange, inggih punika pêpalang agêng tumraping kamajêngan lair batos. Pêpalang utawi alangan punika manawi botên katampi kanthi pangrêtos, lajêng nuwuhakên mêndhaning pikajêngan ingkang utami, pangrêsula, nglêpatakên dhatêng asanès, kadakwa anjalari wontêning alangan saha kabilaèn, botên mangrêtos manawi lêpatipun piyambak. Malah jalaran saking asringipun nandhang pêpalang, tuwuh pangrêsulanipun dhatêng ingkang murbèng alam. Pêpalang utawi alangan miwah kasangsaran, punika tukipun wontên warni kalih, sapisan saking lêpatipun piyambak, dados nama paukuman, ingkang sayogi lajêng kapok, kaping kalih adhapur panggodha utawi panyobi, punika sayogi katampi kalayan sabaring manah, nyantosani tekad, awit punika pratôndha yèn sampun nyêlaki dhatêng katarimah.

DadoDados. cêkak aosipun, pêpalang ingkang nuwuhakên kasusahan utawi kasangsaran punika, bilih katampi akanthi mangrêtos, linambaran sabaring manah, mikantuki, sagêd dados margining kabêgjan. Nanging manawi katampi botên akanthi pangrêtos, linambaran pangrêsula saha pamuring-muring, ambêbayani, sagêd amêwahi kasusahan saha kasangsaran. Badhe kasambêtan.

Ki Darma Prawira.

Wara wara

Wêdalipun kajawèn ing dintên Salasa punika (ingkang kala rumiyin Rêbo) botên isi Jagading Wanita. Dene Jagading Wanita wau badhe kawêdalakên ing Kajawèn ingkang mêdal ing dintên Jumungah ngajêng, sarêng kalihan Taman Bocah, amargi Kajawèn ing dintên punika isinipun langkung kathah, mawi dipun kanthèni Ekonomi Rakyat.

Kauningana.

Adm. tuwin Red

Pawartos Wigatos

Ing Kajawèn nomêr 67 taun 1938 sampun dipun wartosakên, bilih kalawarti Ekonomi Rakyat punika, tumrap ingkang ngrangkêp lêngganan kalihan Kajawèn, rêginipun f 0.25 ing dalêm tigang wulan.

Wartos ingkang makatên wau samangke dipun ewahi, inggih punika f 0.25 dados: gratis. Dene wêdalipun, E.R. têtêp sawulan kaping kalih. Tumrap ingkang botên ngrangkêp lêngganan kalihan Kajawèn f 0.60 satêngah taun.

Para priyantun lêngganan Kajawèn ingkang sampun kêlajêng ngintunakên pambayaran kangge: E.R. badhe dipun lêbêtakên pambayaran Kj. kwartal ing ngajêng.

--- 39 ---

Pangantèn Putranipun Kwik Cin Gwan ing Surakarta

Limrahipun bôngsa Tiyonghwa ing Jawi Têngah punika manawi gadhah damêl mantu, pahargyanipun kados bôngsa Jawi, malah tumrap ing Surakarta, ugi wontên ingkang nindakakên sarat-saratipun pisan ingkang kados bôngsa Jawi. Ingkang makatên punika nandhakakên bilih para babah kathah ingkang kadunungan raos Jawi.

Ingkang minôngka tôndha saksinipun, tumrap babah-babah ing Jawi Têngah, kathah ingkang lêbda basa Jawi, dumugi pangarangipun pisan ingkang sinawung ing sêkar, botên kirang. Makatên ugi ing bab kasagêdanipun dhatêng gêndhing wontên ingkang ngantos lêbêt, mila botên anèh bilih dununging gôngsa ingkang sae punika wontên ing Pacinan, kêbêkta saking kasêmbadanipun, kajawi ingkang kagunganipun para luhur minggahipun dhatêng karaton. Malah tumrap raosing kabatosan Jawi pisan, ugi kathah ingkang pinanggih lêbêt-lêbêt.

Wigatosing karangan punika, prêlu badhe ngandharakên ing bab anggèning tuwan, Kwik Cin Gwan, kaptin bôngsa Tiyonghwa ing Surakarta mêntas gadhah damêl mantu. Ing kala punika gênging pahargyan kenging dipun wastani kalangkung-langkung, ngantos pintên-pintên dintên, siyang dalu mawi têtingalan utawi têtabuhan ingkang sarwa nêngsêmakên. Dene têtingalan tuwin têtabuhan wau ingkang kathah: jawi. Ing ngriku katingal bilih pahargyan ing ngriku wau sarwa damêl sêngsêmipun para bôngsa ingkang mangrêtos dhatêng lêlagon Jawi wau. Malah suwaranipun gôngsa kasêbarakên lumantar radhiyo, sagêd adamêl gawokipun ingkang sami mirêngakên.

[Grafik]

K.G.P.A.A. Prabu Suryadilaga, ing Ngayogyakarta aparing wilujêng dhatêng pangantèn.

Anggèning gadhah damêl Kaptin Kwik Cin Gwan wau mawi ngaturi para luhur Walandi tuwin Jawi, Gupêrnur ing Surakarta, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Prabu Suryadilaga, Kangjêng Pangeran Arya Adipati Jayanagara, pêpatih dalêm, tuwin sanès-sanèsipun. Punika nandhakakên bilih anggèning gadhah damêl tuwan kaptin wau agêng-agêngan yêktos, malah kaladuking wartos, ugi ngaturi Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana.

Bab pawartos angaturi Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana punika, tumrap ingkang dèrèng mangrêtos, tamtu dipun manah lêrês, awit sampun [sampu...]

--- 40 ---

[...n] mèmpêr. Ingkang makatên wau sajatosipun: botên, awit tumrap panjênêngan nata, punika pancèn binedakakên, rawuh dalêm ing pundi kemawon, tamtu mawi upacara lampah praja, dados saupami rawuh, punika namung dhapur tuwi, upaminipun tuwi pangantèn dhatêng kapatihan, tuwin sanès-sanèsipun, ingkang basanipun ngamônca dipun wastani botên opisil.

[Grafik]

Tuwan Gupêrnur Orie ing Surakarta tuwin tamu sanès-sanèsipun.

Ing ngriki prêlu kasambêtan naluri sawatawis tumrap caraning tiyang gadhah damêl ingkang nama abdi dalêm ing Surakarta. Tumrap ingkang pangkat sangandhaping mantri, manawi angatur-aturi, namung dumugi pangkat panèwu mantri. Ingkang pangkat panèwu mantri, wênang angaturi wadana kliwon (wadana punika bupati, kliwon punika ing sapunika bupati anom). Wontênipun ing ngriki dipun wastani wênang, punika kajêngipun kenging. Tumrap kaliwon, ngaturi bupati, langkungipun katingal nyêngkrèk, kajawi ingkang gêgayutan darah. Dene bupati, wênang ngaturi pêpatih dalêm, tuwin kangjêng pangeran.

Tatacara ingkang kados makatên punika, inggih punika tatacaraning tiyang gadhah damêl tumrap ing Surakarta, wontên raosipun gêgayutan kalihan tata praja, inggih punika bab pangangge.

Nanging sajatosipun tatanan pangangge ingkang kados makatên wau, pinanggihipun ing jaman sapunika sampun kathah ewahipun.

Amangsuli ing bab pahargyan ingkang kapratelakakên ing nginggil, punika kenging kangge wawasan tumrap gêgayutanipun bôngsa Tiyonghwa pangkat kalihan para luhur ing Surakarta.

Pèngêtan "Sangkara Muda" (S. M.)

Pang Madiun

Nalika dintên Ngahad Kaliwon tanggal kaping 11 Dhesèmbêr 1938, S.M. pang Madiun amèngêti ngiras tutup taun (1938), manggèn ing dalêmipun R. Asparin, Gep. H. Opsihtêr B.O.W. Madiun. Pèngêtan wau nglêrêsi dhumawah mèngêti: surud dalêm, swargi sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta Adiningrat.

Dene para warga sami rawuh, warga ingkang botên [botê...]

--- 41 ---

[...n] rawuh namung sawatawis, lan kathah para tamu ugi ngrawuhi, sarta lajêng karsa dados warganipun S.M. wau.

Upbêstir manggèn ing Ngayogya, dene pang-pangipun sampun ragi kathah, inggih punika: Ing Ngayogya (S.M. tuwin K.S.M), Madiun (S.M. tuwin K.S.M.), Surakarta, Kradenan (Munthilan), Selarêja, Gombong, Bandhung, tuwin ing Bêtawi.

[Grafik]

Pang Madiun katingal sampun ragi majêng, tuwin wiwit taun 1939 punika, bageyan kêputrèn (K.S.M.) Madiun, madêg piyambak, tuwin badhe damêl karukunan kangge kêpêjahan, kanamakakên, Pralenan Sangkara Mudha (Pr.S.M.).

Ingkang kacêtha ing gambar punika:

a Pèrangan S.M.

1 Pangarsa: R. Asparin, Gep.H. Opsihtêr B.O.W. Madiun. 2 Panitra: R.S. Prawira Suteja, ing Madiun. 3. Ardana: R.M. Prawira Adiwinata, Gep.H.Mor.

b Perangan K.S.M.

I Pangarsa: R.Ay. Kusumanata, ing Ganggulun, Madiun. II Panitra: R.Aj. Siti Suratirin Madiun. III Ardana: R Ay. Danuwijaya, G. Jayèngan (priyantunipun botên rawuh). sanès-sanèsipun para warga.

Mugi-mugi S.M. lan K.S.M. pang Madiun, sagêda enggal subur, saha enggala mindhak: kathah warganipun, tuwin ada-ada kêpêjahan sagêda enggal madêg. Samantên ugi ing Upbêstir Ngayogya tuwin pang-pang sanès-sanèsipun sagêda enggal mindhak warganipun, saha enggala mindhak pangipun.

Radèn Sutarya, Madiun

--- 42 ---

Rêmbagipun Petruk kalihan Garèng

Bab taun enggal

III

Garèng: Pêrang Jêpang - Tiongkok, kok unèkake Jêpang mênang pêrange, nanging kalah among dagange, iki pikiranaku kok ora bisa nyanthol, Truk. Awit, yèn Jêpang mula mênang pêrange, iki têgêse: panguwasane ana ing Tiongkok kono rak tambah sathekruk. Hla nèk wis gêdhe panguwasane, kok gêlêm dêdagangan, mêsthine pêpayone dêdagangane iyo: las, lus, kêpenak bangêt kae. Tandhane ana, Truk, aku biyèn duwe têpungan priyayi, kuwi dèn ayune prigêl dêdagangan, ewasamono nalikane priyayi mau isih cilik pangkate, dadi durung duwe kuwasa apa-apa, dêdagangane dèn ayue mung jênêng lumrah pêpayonan. Kocapa barêng kêng raka mau banjur olèh pangkat sing anjêlêgêdhag, kathik gêdhe panguwasane, wah, pêpayone dêdagangane dèn ayune kaya ... tahu gorèng kae. Wong iya pancèn priyayi putri prigêl, sabên ana kumpulan ing dalême kono, sabubare wong-wong bawahe sok padha ditimbali nyang buri, prêlu didhawuhingdidhawuhi. dèn ayune mangkene upamane: niki lo jarit bathikan kula dhewe, ambok sampeyan tuku, nèk sampeyan ênggo mêsthi pantês. Wah, Truk, kêmrubut sing padha tuku.

[Grafik]

Petruk: Wayah, cara dêdagangan sing kaya ngono kuwi, lumrahe wong sing padha tuku ora kok sêbab dhêmên nyang barange, nanging sabab kêpengin awèh ... kutug. Cara sing kaya ngene iki dening nagara dilarangi kêras, Kang Garèng, jalaran iki sok bisa ngrusak agama têmênan. Sabab sok nuwuhake pilih sih, mêngko nèk ana punggawa pêngpêngan, nêtêpi kuwajibane kanthi têmênan, nanging ora [o...]

--- 43 ---

[...ra] tau kêkutug, banjur mung langganan di ... ewani thok bae. Kosok baline, pagaweane bisa e, nanging kutuge kêmêluk, kondhisine langganan: zeer goed (bêcik bangêt) ajêgan. Jalaran saka iku rak bisa kalakon, priyayi gancar bangêt, ora sabab saka pintêre, utawa saka anggone nêtêpi kuwajibane, nanging jalaran akèh kutuge. Mulane aku cocog bangêt sabanjure nagara tumindak kêras bangêt nyang priyayine kang dhêmên dikutugi iki.

Garèng: Aku mupakat, Truk, yèn priyayi dilarangi kêras ora kêna nômpa kutug kuwi mau. Nanging nèk priyayine dhewe. Balik dèn ayune, mèlu apa iki, rak ora gêgayutan karo pagaweane ingkang raka babar pisan. Dadi iya ora klêbu punggawa nagara ora barang. Ing sarèhne dudu punggawa nagara, malah babar pisan ora sêsrawungan nyang pagawean nagara, pancène rak iya dimardikakake ing samubarang gawene.

Petruk: Ora kêna, Kang Garèng, apa maneh yèn dadi garwane priyayi kang gêdhe panguwasane, awit sanadyan slirane piyambak dudu punggawa nagara, malah ora sêsrawungan babar pisan karo pagawean nagara, nanging jalaran dadi garwa priyayi gêdhe mau, iya mêksa kêpondhokan dayaning panguwasane ingkang raka mau. Mulane yèn kagungan tindak apa-apa, sanadjan mung saka krêsane dhewe, tumrape umum iya banjur dianggêp: kanthi krêsane ingkang raka. Sabanjure wong-wong bawahe iya banjur ora wani arêp nulak utawa ora nurut nyang kêrsane dèn ayu priyayi gêdhe mau. Mulane garwane priyayi gêdhe banjur dilarangi kagungan tindak sing kira-kira bisa andayani wong-wong bawahane ingkang raka.

Garèng: Barêng tak pikir-pikir têmênan, kok mupakat dhing aku. Mula iya nyata, dèn ayu priyayi gêdhe kuwi yèn kagungan krêsa arêp mêngkene mêngkono, wong-wong bawahe umume mung: sêndika thok bae, awit saka padha wêdine karo kakunge. Mulane iya wis mèmpêr bangêt, yèn ora kêna babar pisan manawa kakunge tindak utawa ada-ada sing kira-kira bisa andayani wong-wong bawahe. Awit wong-wong bawahe mau, sênêng utawa ora, umume bisane iya mung nurut bae, ora liya sababe iya mung saka wêdine karo ingkang raka mau. Ewasamono, yèn kagungan ada-ada bêcik upamane, sanadyan andayani bangêt nyang wong-wong bawahe, iya kêna-kêna bae, ta, upamane banjur dadi pangarsane ... A.S.I.B.

Petruk: Iya êmbuh, ya, kok ora pati cêtha aku bab iki. Wèh, kok banjur talencengan rêmbuge mêngkono. Ayo saiki padha dibalèni manèh rêmbuge ing ngarêp. Aku mau kôndha: pêrang Jêpang-Tiongkok, kuwi Jêpang mênang pêrange. Nanging kalah among dagange, iki karêpe mangkene: Sadurunge praja Jêpang, pêrang karo Tiongkok, barang dagangane Jêpang kuwi sumêbar saindênging jagad, mêngkono uga tanahe dhewe kene kiyi, malah kêna diarani prasasat kêbanjiran barang-babangbarang-barang. [barang-ba...]

--- 44 ---

[...bang] Jêpang. Nanging barêng tuwuh pêrang Jêpang karo Tiongkok, ing Jêpang kana sing diprêlokake nomêr siji: gawe pirantining pêrang, kaya ta: mriyêm, bêdhil, bom, lan sapanunggalane. Dhuwit Jêpang iya prasasat banjur ora kobêr kanggo ambandhani pabrik-pabrik sing gawe barang-barang mau, nanging kabèh mung arêp kanggo waragading pêrang bae. Jalaran saka iku ing Jêpang saya suwe saya kurang anggone anggawèni barang-barang mau. Iki atêgês: barang Jêpang saya suwe saya suda kang diêdoli nyang ing jaban nêgara. Pêrange Jêpang karo Tiongkok kuwi tumêkane saiki kurang luwih wis ana karo têngah taun. Hla wong pêrang nganti samono lawase, ing môngka tumrape jaman saiki waragad pêrang kuwi sahohah ping sahohah kae, kathik nganti karo têngah taun luwih. Mulane butuhe Jêpang nyang dhuwit têrus-têrusan sahohah ping sahohah ajêgan. Sabanjure pajêge rakyat iya têrus diundhak-undhaki bae, kang anjalari wong-wong dhuwite ora kobêr kanggo gawe barang-barang anyar. Ing wusana barang-barang Jêpang nganti mung sathithik bangêt kang bisa didol ana ing sajabaning praja Jêpang. Malah sing diêdol nyang tanahe dhewe kene kiyi, saka sêthithike prasasat kêna diunèkake: nihil, ora ana babar pisan. Iki atêgês: wong-wong bangsane dhewe kiyi saikine prasasat wis ora bisa tuku barang Jêpang manèh, bisaa iya wis ora murih-murih kaya sadurunge pêrang Jêpang-Tiongkok mau. Ewasamono wong-wong bangsane dhewe tumêkane saiki durung ana sing mêtu ing dalan mung ... wuda blêjêd, kok iya nyandhang nganggo. Ing ngomah-ngomah bangsane dhewe anggone mangan sêga wadhang iya isih nganggo piring, ngombe banyu iya isih nganggo cangkir utawa gêlas, ora mung ngokop nyang kalèn. Jarene dhèk biyèn diomongake: sandhang panganggo sarta pirantine omah-omah bangsane dhewe kuwi gumantung nyang Jêpang. Dadi nèk nitik andharanku ing ngarêp, rak cêtha wela-wela, yèn omonge uwong kang nêrangake: sandhang panganggo lan barang-barange bangsane dhewe gumantung nyang Jêpang, kuwi rak jênêng anggêdabrul.

Garèng: Nanging iki wis pancèn dadi saradane wong urip, Truk. Buktine lagi aku nglamar mas rara Sarintên kae. Nalika samono mungguh ing gagasanaku: yèn aku nganti ora bisa kalakon ngêpèk Si Sarintên, mêsthi bakal mati ngênês têmênan, nèk ora kêpondhokan lara ati basu, iya nyêgur ... kalèn têmênan, kayadene uripku gumantung Sarintên, aku sida kalakon ora ngalap Si Sarintên, ewasamono saprene awakku isih lêmu bae.

F 0.64 VOLKSALMANAK JAWI 1939

--- 45 ---

Kabar Warni-warni

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

Cacah jiwa taun 1940. Wiwit tanggal 1 Januari 1939, parentah ngawontênakên Tidjelik Kantoor voor de Volkstelling, ingkang badhe dados tuntunan benjing panacah jiwa ing taun 1940. Ingkang dados pangagêng Dr. W.M.F. Mansveld, pangagênging Kantoor voor de Statistiek, kanthi Dr. P.H. Angenent. Kintên-kintên gêdhongipun badhe manggèn wontên ing tilas kantor Volkstelling ing taun 1939 in Schoolweg, Bêtawi. Tuwan kêkalih wau badhe dhatêng Sumatra, Borneo, saha laladan Timur Perlu badhe ngrêmbag babagan cacah-jiwa.

Kamajênganipun K.N.I.L.M. Ingkang pinanggih ing taun 1938, angsal-angsalanipun K.N.I.L.M. langkung kathah tinimbang ing taun 1937. Ing taun 1938 wontênipun têtiyang ingkang numpak ing papan anggêgana ingkang têtêp cacah 20.275. Ing taun 1937 wontên 17.601. Barang ingkang dipun êmot, ing taun 1938 wontên 96.028 kg. Ing taun 1937 wontên 77.278 kg. Sêrat pos gêgana ing taun 1938 wontên 46.571, taun 1937 wontên 29.657 kg.

Têtiyang boyongan kêdah dipun suntik. Miturut wartos, tumrap têtiyang ingkang sami badhe boyongan saking Ngayogya dhatêng Lampung, kêdah dipun suntik rumiyin, dados botên namung dipun priksa kemawon kados rumiyin.

Angsal-angsalanipun Pabeyan ing Cirêbon. Angsal-angsalanipun Pabeyan ing Cirêbon ing taun 1938 wontên f 10.694.625,-. Ing taun 1937 wontên f 10.070.690,-.

Têtiyang boyongan dhatêng Lampung. Miturut wartos, ing tanggal 9 wulan punika wontên têtiyang boyongan saking Jawi Têngah tuwin Jawi Wetan dhatêng Lampung cacah 1700. Lampahing têtiyang boyongan punika anggèning numpak sêpur botên sagêd namung dipun angkatakên sapisan, kêdah ngantos pintên-pintên rambahan.

Têtiyang ukuman sami sakit tuwin minggat. Tumindaking damêl anggarap margi antawising Tanjung dhatêng Bayan (Lombok), dipun tandangi ing têtiyang ukuman cacah 100, kanthi kawontênakên pakunjaran pitulungan wontên ing Luk. Têtiyang wau kathah ingkang kêtrajang sêsakit malaria, saha dados kawigatosaning dhoktêr, ngantos kawontênakên sêsambêtan telefoon ingkang pêrlu kangge nyumêrêpi kawontênanipun têtiyang wau ing sabên dintênipun. Kajawi punika, têtiyang ukuman wau salêbêtipun katindakakên ing damêl wontên ingriku, wontên ingkang sagêd minggat cacah 7. Bab punika lajêng saya dados kawigatosanipun ingkang wajib.

Dunlop & Kolff. Dumugining tanggal 30 December 1938 adêging Firm Dunlop & Kloff sampun jangkêp 60 taun. Firma wau ingajêng ingkang ngêdêgakên tuwan S.J. Dunlop kalihan M.H. Kolff. Ingkang sapunika ingkang nguwaosi tuwan E. Cats Knowles ing Bêtawi. Dhawahing pèngêtan wau namung kawontênakên paargyan alit-alitan.

Inggah-inggahan ing golongan Justitie. Tuwan Moh. Machboeb 1 ste klerk ing Reiswezen, dados arbeidscontroleur. R. Iskandar alias Purwosudiro, ambtenaar buiten werkelijkendienst, ingkang wêkasan dados Inlandsche Ambtenaar (Patih) tumrap Arbeidskolonitatie, dados tij. arbeidscontroleur klas 1. M. Mustapa, dados arbeidscontroleur.

Gemeenteraad Sêmarang sampun tampi urunan. Gemeenteraad Sêmarang sampun tampi urunan arta saking parentah kathahipun f 170.000,-. Angènipun nampèni kala tanggal 29 December 1938.

Baita layar Roepelin kèrêm. Sampun sawatawis minggu, kawontênanipun lautan lèr tanah Jawi anginipun agêng, adamêl karibêdaning baita alit-alit ingkang sami lêlayaran. Ingriku wontên satunggiling baita Madura nama Si Pandoel Warnim, saking Palembang badhe dhatêng Pasar Ikan, Bêtawi, ngêmot dhêdhak 300 pikul, katêmpuh angin wontên sacêlaking Pulo Tidung, baita lajêng anêmpuh karang, kawêkasanipun kèrêm. Rahayu dene lajêng kasumêrêpan têtiyang ing pulo wau, têtiyang ing baita cacah 6 sami sagêd katulungan. Baita ingkang layaran wau kalêbêt ing têtanggêlanipunipuntêtanggêlanipun. Poepelin.

[Iklan]

Pindhahan dhoktêr. Tuwan Wisnu Yuda, Gouvernement Ind. Arts ingkang badhe kapindhah dhatêng Lawoei, Selebes, botên saèstu, lajêng katêtêpakên wontên C.B.Z. ing Surabaya. M. Achmad Sastratenaya, Gouvernements Ind. Arts ingkang sawêg kabantokakên dhatêng Tulungagung, katêtêpakên manggèn ingriku.

Tatanan pènsiun ing Lindeteves. Directie Lindeteves sampun asok arta dhatêng pensiunfonds kathahipun f 100.000,- pêrlu kangge pènsiuning punggawanipun tuwin kangge sadhiyan waragad dhoktêr lêlahanan. Nanging miturut wartos ingkang angsal pènsiun wau namung tumrap punggawa bangsa Eropa. Ing bab punika lajêng nuwuhakên botên sênêngipun ingkang sami botên kalêbêt ing tatanan punika.

Wowohan salêbêting blèg. Ing sapunika ingkang wajib anjêmbarakên laboratorium kangge angajêngakên ing bab pandamêling wowohan ing blèg, kanthi angsal pambiyantu arta saking fonds 25 yuta.

Mriksa papan pawinihan. Têtiyang golongan tani tuwin murid-murid pamulangan dhusun ing bawah dhistrik Utêran tuwin bawah Kabupatèn Ponorogo kirang langkung wontên tiyang 1000 kairid ing ambtenaar Landbouw mriksa papan pawinihan pantun ing Babadan, supados migatosakên ing bab panggarapipun.

Suntikan ing Cirêbon. Kawartosakên, ing Cirêbon tuwuh sêsakit wêtêng, ingkang tumularipun enggal sangêt. Sêsakit wau dèrèng kasumêrêpan sêsakit punapa, namung kacariyosakên sakit wêtêng kemawon. Ing bab punika Pakaryan Kasarasan lajêng tumindak nyuntiki tiyang kathah, kirang langkung sampun wontên tiyang 1000, pêrlu kangge nyêgah sampun ngantos tumular malih.

Nyuga saksi ing Burgelijken Stand. Miturut wartos, wiwit tanggal 1 Januari punika, tumrap têtiyang ingkang lapur dhatêng Burgelijken Stand ing bab kêlairan tuwin kêpêjahan, botên pêrlu mawi saksi tiyang sanès, cêkap wontên ingkang gadhah pêrlu piyambak.

Pandamêling sruwa sêpêt. Ing Cilacap sampun wiwit nindakakên pandamêling sruwa sêpêt sarana pirantos. Pola-pola ingkang dipun têdha dening Koloniaal Instituut ing Amsterdam badhe sagêd kakintunakên wontên ing wulan Januari punika. Salajêngipun mêling mêsin-mêsin pangikalan, ingkang sabên wulangipun badhe sagêd ngintunakên sruwa sêpêt ngantos wawrat 10.000 kg.

Têtêpan Burgemeester. Mr. S. van Dijk burgemeester ing Madiun, katêtêpakên dados burgemeester ing Palembang. Tuwan H. Scheffer, tijd. burgemeester, dados burgemeester ing Cirêbon.

Kintunan arta dhatêng Palestina. Comite pitulungan kasangsaran ing Palestina mêntas ngintunakên arta malih kathahipun 300 pondsterling, dados gunggungipun sadaya ingkang sampun kakintunakên wontên 1750 pondsterling.

--- 46 ---

Sayêmbara gêndhing. Benjing nyarêngi dhawahing pèngêtan adêging praja Surakarta 200 taun, mawi ngawontênakên sayêmbara ngarang gêndhing, 1 gêndhing kangge nalika pindhahing karaton, kanthi ganjaran prijs 1 f 200,- prijs 2 f 100,-. 2 gêndhing prênesan, prijs 1 f 100,- prijs 2 f 50,-. Ingkang dados jury, B.K.P.H. Prabuwinoto, B.R.M.H. Wiryodiningrat, ingkang Bupati Magêlang, Ki Ajar Dewantara tuwin nyonyah Brandts Buis.

Tandha-suwara. Lurhtbeschermingsdienst sampun tampi wêlinganipun tandha-suwara cacah 70 iji. Tandha-suwara wau lajêng kabage: Bêtawi 13, Surabaya 13, Bandung 12, Sêmarang 10, Ngayogya 7, Malang 6, Surakarta 4, tuwin 4 iji kangge andhungan.

[Grafik]

Konsol Jêpan ing Surabaya. Inginggil punika ngêwrat gambaripun kongsol Jêpan ingkang sampun lèrèh tuwan Aneha (kiwa) tuwin tuwan Dr. Saito (ing têngah) kongsol enggal ingkang anggêntosi tuwan Aneha.

Pacobèn nangkarakên rajakaya ing papan paboyongan. Pacobèn nangkarakên rajakaya ing papan paboyongan ing Sukadana sampun sataun punika, pinanggih sae. Ingkang kangge pamacêk lêmbu Ongole. Ing taun punika badhe nindakakên makatên wontên ing papan pamboyongan ing Lampung, Pêngaron tuwin Bungi, dipun sadhiyani lêmbu pintên-pintên atus. Lêmbu-lêmbu wau kasade dhatêng para tani kalayan ambayar nicil ingkang mayar.

Kapal Mêrbabu Kèrêm. Kapal alit Mêrbabu, atiyang 3 mawi mêsin, nalika layaran dumugi sacêlaking pêsisir dhusun Wêru tuwin Paciran, kèrêm. Kapal punika ingajêng nama Daichitomaru, gadhahanipun bangsa Tionghoa ing Sêmarang. Kapal wau pancèn sampun risak, badhe kadandosakên wontên Lasêm, wusana lampahipun sarêng dumugi ngriku lajêng kèrêm. Têtiyangipun sami sagêd kêtulungan.

Inggah-inggahan. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi-Têngah, Bardono, tijd. wd. mantri kabupatèn ing Kêbumèn, paresidhenan Kêdu, dados asistèn-wêdana paresidhenan Pêkalongan.

Kar bumi Palembang. Dr. Druif, ingkang rumiyin damêl kar bumi ingkang isi tanêman karèt ing Dhèli, badhe damêl kar bumi Palembang. Waragadipun mêndhêt arta fonds karèt ingkang wontên f 50.000,-.

NAGARI WALANDI.

Anjêmbarakên lampahing K.L.M. Lampah gêgana tumrap K.L.M. ing taun 1939 punika badhe kajêmbarakên, inggih punika ngantos dumugi Oslo tuwin kasambêtakên Amsterdam-Stokholm saha kalajêngakên dumugi Helsingsfors. Kajawi punika lampah nggêgana Amsterdam-Lissabon wiwit tanggal 2 Januari punika sagêd sambêt lampah saking Lissabon dhatêng London.

Motor Mabur post karisakan. Motor-motor post ingkang ambêkta sêrat post dhatêng Urk, nalika mandhap amanggih karisakan.

EROPA.

Pogokan ing Prancis. Pakêmpalan para bêrah ing Prancis mêntas sami parêpatan, manggèn wontên ing palabuhan lautan Prancis. Wosing rêmbag sami botên narimahakên manawi tumindaking nyambutdamêl badhe langkung 40 jam ing dalêm saminggunipun. Ing Duinkerken kawontênakên guyuban anggêlêngakên sêdya. Saha ingriku wontên rêmbag nayogyani manawi kawontênan pogokan. Kajawi punika para ingkang anggadhahi gambar idhup cacah 300 panggenan sami tutup, amargi saking anggèning dipun indhakakên pajêgipun.

Anggèning badhe nata têdhakan Nata Inggris. Miturut wartos, panjênêngan Nata Inggris badhe têdhak New Foundland. Têdhakipun wau dipun sangkani Canada, saking ngriku panjênêngan Nata Inggris sakalihan têdhak dhatêng St. Johns, kitha karajanipun nagari New Foundland, wontên ingriku badhe nyare 3 dintên. Têtêping pawartos punika tumuntên kadhawuhan.

ASIA.

Antêping wadya Tionghoa. Miturut wartos, wontêning wadya Jêpan namung nêdya nanggulangi wadya Tionghoa ing Tungkiang, dene ing Sikiang wadya Jêpan tansah nêmpuh. Ing sapunika Jêpan ngêntosi dhatênging bêbantu, pêrlu badhe kangge ngangsêg dhatêng sisih kilèn. Miturut wartos ing sapunika wontên wadya Jêpan cacah 10.000 sawêg lumampah dhatêng Canton. Nanging sanadyan ajênging wadya Jêpan kados punapa, tumrap wadya Tionghoa botên nêdya angunduri. Barisaning wadya Tionghoa têtêp wontên margi-margi sêpur ing Tiongkok-Têngah ingriku ingkang tansah pinanggih campuh.

Kasantosanipun wadya Tionghoa ing Kweilin. Wadya Tionghoa ingkang pacak-baris wontên ing Kweilin tansah anjagi sampun ngantos kinggahan wadya Jêpan ingkang badhe minggah saking sunglon ing Pakhei. Margi-margi ingkang manêngah sampun sami dipun risak, têtêdhan sami dipun bêkta manêngah. Para têtiyang ing Kwangsi sami anglairakên prasêtyanipun dhatêng nagari wutah rahipun, botên nêdya nungkul dhatêng Jêpan. Wosipun namung sarwa angantêpi tekad. Sanadyan badhe dipun pilutaa kados punapa, badhe botên keguh.

Bêna ing Kwangsu. Kawontênaning bêna ing saêlèr provincie Kwangsu sabên dintên saya mindhak-mindhak, sakalangkung anggêgirisi. Para pangagêng wiwit ambudidaya nindakakên pitulungan. Bêndunganing lèpèn Hoanho kalih panggenan sami bêdhah, kaprênah ing antawising Kaifeng wetan tuwin kilèn. Ing satunggiling panggenan ilining toya anut tilas ilining toya kala bêna ing taun 1289, ing sanès panggenan malih ilinipun manut ilining toya kala bêna taun 1897. Wontên panging lèpèn kalih panggenan nglêmpak dados satunggal kaprênah ing sacêlakipun Showchow sacêlakipun laladan Anhwei. Ing papan ngriku lajêng awujud tlaga tuwin susukan-susukan ingkang mili anglangkungi Kiangsu lèr ngênêr dhatêng pasisir. Ing laladan sisih wetan Kwangsu papanipun pinanggih andhap, kêlêban toya, wontên tiyang tigang yuta kecalan panggenan, saha damêl kasamaran angêlêbi laladan 9000 mil pasagi, ingkang dipun ênggèni ing tiyang 12 yuta.

Bêna ing Hoangho. Miturut wartos ing tanggal 3 wulan punika, lèpèn Hoangho bêna agêng, adamêl kasamaraning têtiyang ing laladan Anhwei tuwin Shensei pintên-pintên yuta. Lubèring toya angêlèbi pasitèn ingkang jêmbaripun sangang èwu mil.

Sultan Johor tampi bintang saking Italie. Mitirut wartos saking Singapura, panjênêngan Sultan Johor tampi bintang Kroon Orde saking Nata Italie.

Gêgayutanipun Ruslan kalihan Jêpan saya mrênding. Miturut wartos, gêgayutanipun Ruslan kalihan Jêpan pinanggih saya mrênding. Mênggah kawigatosanipun kalihan bab pamisayan ulam. Ing sapunika wontên wadya Sovyet cacah 50.000 sampun kakintunakên dhatêng Wladiwostok. Ing bab punika lajêng dados rêmbagipun nagari kêkalih wau ing bab prayoginipun.

Bêbaya ing Jêpan. Miturut wartos saking Tokio, ing Nagawa tuwin ing Machi wontên griya kêbêsmèn agêng-agêngan, anyarêngi kala taun baru. Griya ingkang kêbêsmi 81, kalêbêt kantor post tuwin bank, kêbêsmi ngantos têlas. Kajawi punika ing wêkdal punika ing Jêpan nuju môngsa padhidhing, jawah salju tanpa kèndêl, margi sêpur ing Jêpan sisih Lèr pinanggih nyamari. Ing Niigata tuwin Ishikawa jalaran saking wontêing jawah salju, adamêl kandhêging lampah sêpur ngantos 51 mênit.

--- 47 ---

Wêwaosan

Anakipun Tarsan

Pêpiridan saking buku karanganipun Edgar Rice Burroughs

43

Sarêng ngambah ing wana parêdèn wau, lampahipun Korak tuwin kêthèk bapian kalih wêlas lajêng sami alon-alonan. Sabên-sabên kêthèk bapian anglairakên suwaranipun kanthi sora ingkang sêmu sêsambat. Sasampunipun nuntên sami kèndêl sakêdhap prêlu amirêngakên manawi wontên ingkang amangsuli. Danguning dangu saking katêbihan lajêng kamirêngan suwara lirih amangsuli.

Lampahing kêthèk-kêthèk bapian ing samangke lajêng ngênêr dhatêng prênahipun suwara wau kalihan sakêdhap-sakêdhap undang-undang tuwin mirêngakên kados ingkang sampun kacariyosakên ing nginggil, saya dangu lajêng saya cakêt kalihan bangsanipun kêthèk bapian wau. Panduginipun Korak botên lêpat, inggih punika: kêthèk bapian ing parêdèn ngriku têmtu dhatêng amêthukakên kalihan ambêkta kônca kathah sangêt. Nanging sarêng Korak nyumêrêpi wontênipun kêthèk-kêthèk bapian ingkang sami mêthukakên, gumunipun sakalangkung-langkung, awit kêthèk-kêthèk bapian ingkang dhatêng punika, saking kathahipun ngantos kadosdene mujudakên bètèng sap-sapan ingkang santosa sangêt. Mênggah cacahipun kêthèk wau tanpa wicalan, ewon. Ing batos sakala ngriku Korak katuwuhan gagasan makatên: E, hladalah, saupama ana sabab apa-apa kang anjalari nêpsuning kêthèk-kêthèk bapian iki, sarta banjur ngrubut aku sakônca, mêsthine sadhela bae aku sakônca bakal tumpês.

Nanging ing ngriku botên wontên kadadosan punapa-punapa. Ratu kêthèk bapian parêdèn tuwin ratu kêthèk bapian mitranipun Korak sami gathuk, sarta lajêng sami ambus-ambusan tuwin wulunipun sami anjêgrig, ing ngriku kadosdene ratu kalih sami têtêpangan. Pungkasanipun kalih-kalihipun lajêng sami kukur-kukuran gêgêr. Sasampunipun kèndêl sawatawis kalih-kalihipun lajêng sami rêrêmbagan. Ratu mitranipun Korak ing ngriku lajêng angandharakên mênggah ingkang dados pikajêngipun piyambakipun daya-daya amanggihi ratuning kêthèk-kêthèk bapian ing parêdèn wau. Salajêngipun Korak nuntên ngatingal. Ing sakawit piyambakipun andhêlik wontên ing sawingking garumbulan botên têbih saking ngriku. Sarêng kêthèk-kêthèk bapian sumêrêp Korak, ing sêmu sadaya katingal kagèt lan gugup. Sakêdhap Korak rumaos ngêdhap manahipun, bilih lajêng kajuwing-juwing dening sakathahing kêthèk bapian wau. Nanging danguning dangu ingkang adamêl ngêdhaping manahipun punika, sanès anggènipun badhe dipun pêjahi dening kêthèk bapian, nyatanipun ingkang dipun kuwatosakên jêbul Mariyam. Jalaran manawi piyambakipun ngantos pêjah wontên ing ngriku, têmtunipun lajêng botên wontên ingkang nêdya mitulungi dhatêng pun Mariyam luwaripun saking tanganipun têtiyang cêmêng.

Tujunipun ing kala punika ratu kêthèk kêkalih wau sagêd nyabarakên sakathahing kêthèk bapian wau, lan ing ngriku Korak lajêng kenging majêng anyêlaki kanthi alon-alon. Ing samangke kêthèk-kêthèk bapian parêdèn wau lajêng sami anyêlaki Korak, sarta lajêng angambus-ambus. Sarêng Korak ing ngriku wiwit wicantên mawi basanipun kêthèk bapian, ing sêmu sakathahing kêthèk bapian wau lajêng sami gumun sarta bingah. Salajêngipun kêthèk-kêthèk wau sami wawan rêmbag kalihan pun Korak. Dene manawi Korak wicantên, sadaya inggih sami mirêngakên kanthi yêktosan. Ing ngriku Korak miwiti nyariyosakên kawontênanipun Mariyam, sarta ngandharakên gêsangipun Mariyam tuwin piyambakipun piyambak salaminipun wontên ing wana gung. Sadangunipun punika kalih-kalihipun tansah dados mitranipun sadaya bangsanipun kêthèk, wiwit kêthèk ingkang alit-alit ngantos dumuginipun kêthèk bangkokan.

Salajêngipun Korak awicantên makatên: Dene wong-wong irêng sing saikine nawan Mariyam, kuwi dudu mitramu kowe kabèh. Malah wong-wong mau sabisa-bisa karêpe nêdya matèni kowe kabèh. Kêthèk-kêthèk bapian ing ngalas ngampah cacahe kurang akèh bisane nglurug nyang padesane wong-wong irêng mau kang kanthi olèh gawe. Aku krungu kabar, yèn kowe kabèh cacahmu akèh bangêt, tur padha kêndêl-kêndêl. Mungguh sing takrungoni, cacahe kancamu kabèh kuwi ora kalah karo kèhe gêgodhongan wit-witan ing ngalas kene. Dene kêkêndêlanamu, miturut wartane tanpa tandhing, nganti bangsaning gajah utawa singa barong padha wêdi nyang kowe kabèh. Aku krungu kabar, yèn kowe kabèh mêsthi padha gêlêm bêbarêngan karo aku sakônca, anglurug ing padesan kono prêlu [prê...]

--- 48 ---

[...lu] anumpês wong-wonge, murih sabanjure ora bisa anggunagawe manèh nyang kowe kabèh. Lan aku pitaya sarta ngandêl, yèn kowe kabèh mêsthi ora anduwèni alangan yèn aku sabanjure anggawa lunga Si Mariyam.

Ratuning kêthèk bapian ing parêdèn, ing ngriku lajêng ngungalakên dhadhanipun saha lumampah wongsal-wangsul sajak kraos agêng manahipun. Makatên ugi kêthèk-kêthèk jalêr sanèsipun. Sadaya wau sami ngraos lêga lan agêng manahipun dening têmbungipun bangsaning tiyang kulit pêthak, ingkang ngakên nama kêthèk sarta sagêd migunakakên basanipun kêthèk bapian.

Salah satunggiling kêthèk kêthèk jalêr wau lajêng wontên ingkang kalair têmbungipun makatên: Pancèn iya nyata, bangsaku kêthèk bapian ing pagunungan kene kiyi, pancèn iya wis kêsuwur mungguhing kaprigêlan lan kêkêndêlane ing tarung, bangsaning gajah nyata iya wêdi karo bangsaku kiyi. Mêngkono uga bangsane singa barong, lepar lan sapadhane, kabèh padha wêdi bangêt. Wong-wong irêng ing tanah padunungane, rumasa bungah tanpa upama, yèn kene ora padha anggaguangganggu. gawe. Kanggone aku kowe, kanthi bungah aku gêlêm mèlu nglurug nyang padesane wong irêng kang kok kandhakake mau. Aku iki anake sang ratu sing tuwa dhewe. Sanadyan aku dhewe, kiraku aku bisa numpês wong sapadesan kono kuwi mau. Sasampunipun wicantên makatên wau, piyambakipun lajêng ngungalakên dhadhanipun ing sêmu rumaos agêng manahipun, sarta inggih lajêng lumampah wongsal-wangsul.

Kêthèk sanèsipun malih botên purun kantun sarta lajêng kawêdal têmbungipun makatên: Jênêngku iki: Gub. Siyungku dawa-dawa lan kuwat bangêt. Wis pira wong irêng kang tiwas dening katiban ing siyungku iki. Mung ijèn tanpa kônca aku wis tau ngalahake sadulure wadon singa barong. Gub arêp mèlu kowe nglurug mênyang padesane wong irêng sing kokandhakake mau, ing kono aku mêngko arêp matèni wong irêng nganti tumpês kabèh.

Korak lajêng ngawasakên dhatêng ratuning kêthèk bapian sarta lajêng wicantên makatên: Wis cêtha wela-wela, yèn bala-balamu kuwi padha kêndêl kabèh. Nanging sakêndêl-kêndêlane balamu, mêsthine ora ana sing ngungkuli kêkêndêlane ratune.

Mirêng wicantênipun Korak ingkang makatên wau, ratuning kêthèk lajêng mêre sarta anggêro sarosanipun, ing ngriku sêmunipun nêpsu sangêt. Mênggah wujudipun ratuning kêthèk punika agêng sarta santosa sangêt. Ingkang makatên punika inggih sampun mêsthinipun, awit manawi sampun kirang mênggahing kasantosanipun, miturut padatanipun kêthèk bapian, inggih tumuntên lajêng dipun lorot saking panggenanipun dados ratu wau. Nalikanipun ratu kêthèk wau anggêro sora, suwaranipun ngumandhang mradini ing wana ngriku. Kêthèk bapian ingkang alit sami kamigilan sarta lajêng nyikêp kêncêng dhatêng biyungipun piyambak-piyambak. Dene kêthèk-kêthèk bapian ingkang jalêr, sanalika sami mêncolot sadaya, sarta tiru-tiru kados ratunipun, lajêng sami pating glêro sadaya. Ramening suwaranipun ing kala punika tanpa umami.

Ing kala punika Korak murugi ratuning kêthèk bapian ngantos cakêt sarta lajêng ambêngoki makatên: Ayo padha budhal saiki. Sasampunipun wicantênan makatên piyambakipun lajêng lumampah ngrumiyini nêdya dhatêng padhusunanipun Kopidho, inggih kêpalanipun têtiyang cêmêng ingkang nawan Mariyam wau. Ratuning kêthèk bapian rêdèn ingkang tansah gêra-gêro kemawon, lajêng nolèh dhatêng wingking, saha lajêng mêncolot nututi lampahipun Korak. Makatên ugi kêthèk bapian kalih wêlas bêktanipun Korak inggih lajêng sami tumut bidhal. Dene sawingkingipun punika, kêthêk bapian parêdèn ewon cacahipun ingkang sami ngêtutakên lampahing ratunipun. Sadaya wau kêthèk ingkang wujudipun saèmpêr kalihan sagawon, nanging badanipun katingal langkung santosa, prigêl lan cikat, sarta sakalangkung galak.

Sarêng lampahipun wau sampun jangkêp kalih dintên, lajêng dumugi ing padhusunanipun Kopidho. Ing kala punika kalêrês ing wanci siyang. Ing padhusunan ngriku katingal sêpên, awit jalaran saking bêntèring srêngenge, tiyangipun sami ngaso tilêm wontên ing gubugipun piyambak-piyambak. Lampahipun kêthèk-kêthèk bapian ing samangke tanpa nyuwara babar pisan. Korak lan ratu kêthèk kêkalih sami lumampah wontên ing ngajêng. Sarêng sampun cakêt ing padhusunan ngriku, tiga-tiganipun lajêng sami kèndêl prêlu angêntosi kônca-kancanipun, ngantos sadaya wau sagêd kêmpal malih. Ing kala punika sidhêm prêmanên tanpa wontên sabawaning walang ngalisik. Korak lajêng mènèk ing wit-witan ingkang tumiyung nungkuli pagêr ingkang ngubêngi padhusunan. Korak nolih dhatêng wingking, kêthèk-kêthèk bapian sadaya sami tut wingking. Samangke dhawah wancinipun anêmpuh ing padhusunan ngriku. Ing samargi-margi Korak tansah angèngêtakên dhatêng sakathahing kêthèk bapian sampun ngantos agêndhak sikara dhatêng lare èstri bôngsa kulit pêthak ingkang dados tawananipun têtiyang cêmêng ing ngriku, awit punika gadhahanipun Korak. Dene sanèsipun, punika sadaya dados wêwênangipun kêthèk-kêthèk bapian. Salajêngipun Korak andêngèngèk manginggil sarta lajêng nyuwara sora sangêt. Suwara wau minôngka sasmitanipun anggèning kêthèk bapian sadaya lajêng kenging sami anêmpuh. Badhe kasambêtan.

--- 1 ---

No. 1, Januari 1939, Taun I

Ekonomi Rayat

NGALAMATING REDACTIE DEPT. ECON. ZAKEN BATAVIA-CENTRUM. KAWÊDALAKÊN SABÊN 2 MINGGU RÊGINIPUN 6 WULAN f 0.60. NGALAMAT ADMINISTRATIE BALE PUSTAKA BATAVIA-CENTRUM

PAMBUKANIPUN KALAWARTI "EKONOMI RAYAT"

Ing satunggiling dintên tiyang nama Suta kesah dhatêng ing griyaning mitranipun ingkang nama Sukarya kanthi ambêkta sêrat kalawarti "Ekonomi Rayat". Wontên ing margi Suta wau dumadakan pinanggih kalihan kancanipun ingkang awasta Salim.

Salim pitakèn: "Lo, kok kowe, kang Suta. Arêp mênyang ngêndi, lakune kathik kaya ndara Bèi: pêkèkèh-pêkèkèh."

Suta: "Yah, nèk pêkèkèh-pêkèkèh kuwi rak lakune wong sugih ... wudun. Tiwas kenene wis bungah diarani ndara Bèi. Ora aku iki sanyatane arêp nyang omahe Sukarya."

Salim: "Ana ing kana apa arêp darusan, kathik anggwa kitab barang mêngkono?"

Suta: "Iki dudu kitab, nanging kalawarti anyar. Kowe apa wis wêruh nyang kalawarti iki?"

Salim: "Jajal ulungna mrene, tak-ithite."

Suta: "Kathik kaya bêdor arêp diithit." Wicantên makatên wau Suta kalayan ngulungakên kalawarti "Ekonomi Rayat" dhatêng pun Salim. Ing kala punika Salim rumaos kêtarik manahipun dening gambar-gambar ingkang kacêtha wontên ing kalawarti wau, sarta lajêng wicantên makatên:

Ora, kang, jajal takwacane sêdhela. Êntènana kono udud-ududa. Nya, lo, miliha, rokok ingsiong apa Wesminster. Srutu ya ana nèk gêlêm ... têgêsanku.

Salim lajêng mêndhêt slêpènipun sarta kasukakakên dhatêng pun Suta. Suta lajêng mêndhêt sês lajêng kêmpas-kêmpus udud.

Salim ambiyaki kalawarti sarta maos karangan sawatawis. Sasampunipun lajêng kawêdal têmbungipun makatên: "Wadhuh, isine pancèn ya nyamlêng kaya ... blanggêm."

Suta: "Nèk ngomong kuwi ambok sing mèmpêr. Ana isining karangan têka diunèkake nyamlêng kaya blanggêm. Nèk ora kêliru, blanggêm kuwi rak randha royal kae, ya iku tape digorèng, bundêr rupane."

Salim: "Ha iya, ta. Kowe kaya-kaya wis wêruh rasane blanggêm, ya iku: lêgi, gurih, kathik munpangati. Mêngkono uga isining kalawarti iki kang angrêmbug ing bab ekomoni. Lo, kuwi aku ora arêp nêdya ngalêm, mung arêp kandha sabênêre bae. Wah, basane gampang kathik kêpenak kaya Sinom parijatha. Isine akèh gunane. Mara, apa ya kliru yèn tak-unèkana: isine: lêgi, gurih, lan munpangati. Dadi iya nyamlêng kaya blanggêm."

Suta: "Sukur, ta, yèn mêngkono panêmumu. Dene isine kalawarti iki ora mung kanggo kabutuhane bangsa Jawa thok bae, nanging kanggo bangsa saindênging tanahe dhewe kene iki. Dadi iya bangsa Padhang, Ambon, Bugis, Mênadho, Madura, Sundha lan liya-liyane manèh, kabèh mêsthi padha ambutuhake. Mulane kalawarti iki banjur diwêtokake ora mung

--- 2 ---

nganggo basa Jawa bae, nanging ya nganggo basa Sundha lan basa Mlayu, prêlune supaya bisa diwaca sadhengah wong."

Salêbêtipun tiyang kalih sami rêmbagan wontên ing sapinggiring margi ingkang makatên wau, dumadakan kancanipun tiga dhatêng, inggih punika: Sukarya, Latumoerisa tuwin Ponto.

Ing kala punika Latumoerisa sarta Ponto ujug-ujug sêsarêngan pitaken makatên: "Itu pêgang buku apa, zeg?"

Suta: "Kancaku loro iki ing atase wis ngoyod ana ing Jawa-Têngah kene, kathik durung bisa-bisa ngomong Jawa. "Wicantên makatên wau Suta kalihan ngulungi kalawarti ingkang basa Mlayu dhatêng Latumoerisa tuwin Ponto, lan kalawarti ingkang basa Jawi dhatêng Sukarya.

Latumoerisa: "Kalau ada orang bicara Jawa aku mengerti, tapi buat omong sendiri ... kepala pusing. Coba aku baca dulu alamatnya diluar: Per ... ekonomian ... Ra'yat."

Sukarya: "Ora, kang Suta, gunane kalawarti iki apa?"

Suta: "Gunane supaya wong bisa maca prakara kaanan-kaanan kang gêgayutan karo ekonomi rayat ing tanahe dhewe kene."

Ponto: "Siapakan yang menerbitkan?"

Suta: "Departement Economische Zaken. Sing sapa arêp langganan kalawarti iki, mung diwajibake ambayar 60 sèn ing dalêm 6 sasi. Dadi bayarane langganan sêtaun mung f 1.20. Wêtune kalawarti iki sêsasi kaping pindho. Dadi nèk dietung mono, sanomêre mung rêga f 0.05."

Latumoerisa: "Murah betul ale! Mari ketong langganan juga!"

Suta: "Pancèn ya gêdhe tênan apa kang dadi kêrsane Departement Economische Zaken kuwi."

Salêbêtipun tiyang-tiyang sami ngomong-ngomongan wau, Ponto maos isining kalawarti, lan botên antawis dangu piyambakipun lajêng kêlair têmbungipun makatên: "Ah, isinya kok seperti dongeng buat anak kecil saja, zeg!"

Suta: "Nyo, isine pancèn disêngaja digawe sing prasaja bangêt kae. Kowe rak wêruh dhewe, bangsane dhewe sing bisa maca lan nulis kuwi isih sêthithik bangêt. Kira-kira munga ana 10% saka cacahe kabèh. Ing mangka yèn dijlimêti sing têmênan, kang pintêr maca kuwi mau saperangan gêdhe mung wong wêton pamulangan desa, utawa pamulangan angka II. Dene cacahe wong wêton pamulangan H.I.S., M.U.L.O., H.B.S., apa manèh wêton pamulangan luhur, kuwi durung sapiraa, yèn dipandhing karo wong-wong sing wêton pamulangan desa utawa pamulangan angka II mau.

Kalawarti iki diarani: "Perekonomian Ra'yat" utawa "Ekonomi Rayat". Mungguh karêpe, supaya rayat bisa maca lan ngrungu kabar-kabar ekonomi kang ana ing tanah Indhiya kene. Mara, aku saiki taktakon: Sing diunèkake Rayat kuwi sapa?"

Sukarya: "Mêsthi bae kabèh wong sing manggon ana ing tanah Indhiya kene. Nanging, kang, kowe mau wis kandha dhewe, ora kabèh wong ing tanahe dhewe kene kiyi bisa maca."

Suta: "Bênêr, pancèn ya mêngkono, durung kabèh wong padha bisa maca. Nanging wong-wong mau rak padha bisa ngrungu."

Latumoerisa: "Têntu saja bisa, kalau orang tidak tuli."

Suta: "Yak, ambok budhêg. Nèk tuli kuwi mathuke rak mêngkene kae: Bocah tuli nyêrandu pisan. Ambanjurake katêranganku. Wong-wong sing padha bisa maca mau, mêsthine ora mung padha mênêng-mênêng bae. Sauwise maca kalawarti "Ekonomi Rayat" mau, mêsthine banjur padha digiyarake, ya iku: apa sing wis diwaca banjur dicaritakake nyang wong-wong sing ora padha bisa maca. Sarana mêngkono kuwi mau, ing wusana pakabaran-pakabaran kang diêmot ana ing kalawarti kono bisa sumêbar nyang wong-wong ing tanahe dhewe kene kabèh.

Mara, aku saiki taktakon: "Kapintêrane wong-wong sing padha bisa maca kuwi sêpira?"

Ponto: "Têntunya juga sêbanyak apa yang dia dapat disêkolah."

Suta: "Ing mangka sing kabèh sêkolahe sêkolah apa?"

Ponto: "Sêkolah desa dan sêkolah klas II."

Suta: "Mara, rak ya wis bênêre, ta, yèn kalawarti kiyi kudu digawe sing prasaja bangêt. Sabab sing akèh wong sing kêpengin padha bisa maca, kapintêrane mung sêmono."

Latumoerisa: "Bêtul ale, jadi kalau beta (Ambon = aku) mêngêrti bêtul kêtêrangan se (kowe), surat kabar "Perekonomian Ra'yat" itu gunanya supaya kita orang, mêskipun sêdikit-sêdikit, bisa baca kabar ekonomi dari Hindia."

Suta: "Ya mula mêngkono kuwi, nyo."

Latumoerisa: "Basanya Melayu dibikin gampang, biar kita orang sêmua di Hindia boleh mêngêrti isinya."

Suta: "Cocog."

Latumoerisa: "Isinya bêrsahaja bêtul, supaya Rayat boleh mêngêrti; sêbab Rayat ini yang têrbêsar pêmandangannya bêlum luas."

Suta: "Mufakaat."

Tiyang gangsal wau lajêng sami sarêmbag nêdya langganan kalawarti wau, sarta lajêng sami nyêrati dhatêng administratie kalawarti kasêbut nginggil, inggih punika: Balai Pustaka ing Bêtawi.

--- 3 ---

KAWONTÊNANIPUN PABRIK BALAPÊCAH ING TANAH NGRIKI.

Barang kabêtahaning balegriya ingkang bangsaning balapêcah, inggih punika barang bêling, punika kathah sangêt kadosta gêlas toya, gêndul, sêmprong dilah, kaca tuwin sanès-sanèsipun. Barang-barang punika aslinipun saking tanah ngamanca, dados botên saking tanah ngriki piyambak. Ingkang kathah asli saking nagari Jêpan.

Ing sawatawis taun kapêngkêr, ing tanah Jawi wontên ingkang ngêdêgakên pabrik balapêcah, ingkang limrahipun dipun wastani parik gêlas. Pabrik gêlas ing tanah Jawi punika kawontênanipun beda sangêt kalihan pabrik-pabrik gêlas ing nagari sanès. Limrahipun pabrik gêlas, ingkang dipun damêl barang wau kwartszand, inggih punika pasir pêthak, soda tuwin kapur. Nanging tumrap tanah Jawi pandamêling barang wau asli saking bêling, rêmukaning barang-barang ingkang sampun sami pêcah. Bêling punika dipun lêbur (dipun olah malih), lajêng kadadosakên barang malih, awujud barang enggal."

Inginggil sampun kapratelakakên bilih balapêcah punika asli saking tanah ngamanca. Dumudinipun ing tanah ngriki mawi kabêkta ing kapal. Sadumugining palabuhan sampun kathah ingkang pêcah; ingkang pêcah wau kintên-kintên 20%, dados sapara gangsalipun. Gêgayutan kalihan ing bab punika, mila adêging pabrik-pabrik gêlas namung pinanggih wontên ing panggenan ingkang dipun lêbêti balapêcah kanthi kapal, inggih punika ing Bêtawi tuwin Surabaya.

Ing Bêtawi wontên pabrik gêlas 3, gadhahanipun bangsa Arab 1 tuwin gadhahanipun bangsa Tionghoa 2. Ing Surabaya wontên 2, gadhahanipun bangsa Tionghoa tuwin bangsa Jêpan.

Tumrap pandamêlan gêndul, gêlas tuwin sanès-sanèsipun, kajawi pêndhêtan saking bêling ugi dipun wori arêng sela tuwin pasir asli saking Blega (Madura). Ing sapunika ing Bêtawi pandamêling wau kacobi sarana abadhe pasir ingkang asli saking Tuban tuwin Banka. Tumindaking cobèn-cobèn wau kanthi angsal pitulungan saking Dienst Nijverheid tuwin sampun anggadhahi pangajêng-ngajêng mikantuki.

Dumugi sapunika pandamêling gêlas ing tanah Jawi taksih mawi tangan, kajêngipun botên mawi mêsin, dados namung dipun sêbul kemawon. Pabrik gêlas ing tanah Jawi adamêl barang warni-warni, gêlas toya, sêmprong dilah, gêndul tuwin lodhong.

Lami-lami pabrik wau gadhah rekadaya sanès, satunggal-satunggaling pabrik namung damêl barang sajinis. Kajêngipun supados tinêbihakên ing tindak jor-joran. Pancèn nyata manawi satunggiling pabrik namung damêl barang sajinis, pikantukipun malah saya prayogi, tinimbang manawi damêl barang warni-warni, amargi panitining pandamêl namung sawarni kemawon, sagêd pinanggih langkung sampurna.

Sanadyan tanahing gêlas wêdalan tanah ngriki punika dèrèng kenging dipun wastani sae kados barang ingkang kadhatêngakên ingriki, nanging ugi sagêd pajêng, amargi rêginipun mirah. Rêginipun kaot 30% piyambak, tinimbang rêginipun barang ingkang saking Jêpan. Balapêcah wêdalan tanah Jawi limrahipun dipun sade namung wontên ing tanah Jawi kemawon. Ugi wontên kalanipun dipun sade dhatêng pulo sanès, kadosta dhatêng Sumatra, nanging kapetang namung sakêdhik.

KABÊGJAN INGATASING AKÊBON KLAPA TUMRAP TIYANG SITI

Tiyang gêsang punika kêdah nêdha. Ing salêbêting têdhanipun tiyang punika kêdah wontên zatipun warni-warni. Salah satunggiling zat wau wontên zatipun gajih. Gajih punika pinanggih wontên ing kewan, ugi saking têtanêman. Gajih ingkang asli saking têtanêman punika ingkang kathah kadosdene lisah. Têtanêman ingkang anggadhahi gajih katah punika kadosta: Klapa. Nagari ingkang kathah klapanipun punika ing Philipina, tanah ngriki tuwin Ceylon. Kajawi Klapa, ingkang anggadhahi gajih kathah punika kacang pêndhêm (ingkang kathah dipun tanêm ing tanah Indhu tuwin ing Tiongkok), wuku kapas (ingkang kathah ing Amerika) tuwin kêdhêle (ingkang kathah ing Tiongkok tuwin Mansuria). Kajawi prêlu katêdha, gajih punika ugi dipun pigunakakên ing pabrik-pabrik, kadosta: kadamêl mêrtega, cèt, sabun, pêrnis tuwin sanès-sanèsipun.

Inginggil sampun kacariyosakên ingkang anggadhahi gajih punika klapa, ingkang kagaringakên, nama copra, kacang pêndhêm, kêdhêle, wuku kapas, gajihing ulam lodan (walvischtraan) tuwin gajih lêmbu (reuzel). Kajawi barang-barang wau, ugi taksih wontên malih barang ingkang anggadhahi gajih, nanging botên sapintêna. Dene gajih-gajih ingkang asli saking barang-barang ingkang kasêbut inginggil, sami kemawon. Têgêsipun saupami tiyang botên gadhah gajih lêmbu, sagêd ngangge gajih copra utawi gajih kacang pêndhêm tuwin sanès-sanèsipun. Ingkang makatên punika, dados rêgining copra botên gumantung saking kathah utawi sakêdhiking copra kemawon, ugi jalaran gumantung saking kathah utawi sakêdhiking barang sanès-sanèsipun ingkang ugi anggadhahi gajih (kados ingkang sampun kapratelakakên inginggil). Gêgayutanipun kalihan bab punika, mila kawontênaning [kawontên...]

--- 4 ---

[...aning] copra piyambak botên sagêd angewahi rêgining gajih. Ing tanah ngriki nggadhahi copra 28% ning pamêdalipun copra sadonya ingkang kakintunakên dhatêng nagari sanès. Dados kawontênanipun copra ing tanah ngriki botên pisan-pisan sagêd angewahi rêgining gajih ingkang wontên ing pêkên donya.

Manawi ing bab punika dipun titi yêktos, copra ing tanah ngriki punika kaperang dados 2 perangan, inggih punika copra ingkang asli saking tanah Jawi utawi copra ingkang asli saking sanès ing laladan tanah ngriki. Copra ingkang asli saking tanah Jawi limrahipun dipun damêl wontên ing tanah Jawi piyambak kadamêl lisah. Copra ingkang asli saking pulo-pulo sanès limrahipun dipun sade wontên ing pêkên donya. Rêginipun copra saking pulo-pulo punika gumantung saking rêgining copra ing pêkên donya, tuwin ugi jalaran saking wragading anggènipun ngintunakên copra wau.

[Grafik]

Kêbon klapa ingkang sakalangakung sae, mawi rabuk ijêm Vigna Hosèi.

Rêgining copra ing tanah Jawi langkung kathah sakêdhik tinimbang rêgining copra ing pêkên donya. Amargi copra ingkang botên pajêng wontên ing pabrik ngriku, badhe sagêd pajêng wontên ing pêkên donya. Manawi copra ing tanah Jawi namung sakêdhik, rêginipun copra lajêng mindhak. Indhaking rêgi punika ugi botên sagêd kathah, amargi manawi rêgi wau mindhakipun sangêt, tumrap copra ingkang sakiong pulo-pulo sanès badhe kabêkta dhatêng tanah Jawi ugi.

Inginggil sampun kacariyosakên, bilih angewahi rêgining copra ing pêkên donya botên badhe sagêd kêlampahan, amargi kathah bab-bab ingkang angalang-alangi. Ing sapunika sumangga sami dipun titi ing bab padagangan copra ing tanah ngriki, supados kenging kangge margi andandosi rêgining klapa ingkang pinanggih wontên ing golongan tani.

Ingkang kathah kêbon klapa gadhahanipun tiyang tani punika pating salêbar (botên cêcakêtan). Dados tumrap tiyang ingkang badhe damêl copra pinanggih ngrêkaos anggèning nglêmpakakên klapa ingkang badhe dipun damêl copra wau. Mila para tani lajêng arekadaya murih gampil anggèning sagêd angsal klapa wau, lajêng ngawontênakên bakul klapa. Bakul-bakul punika damêlipun botên sanès namung numbasi klapa wau dhatêng para tani ing panggenanipun piyambak-piyambak. Sasampuning ngalêmpak katah, lajêng kasade dhatêng têtiyang ingkang andamêl copra.

Têtiyang ingkang andamêl copra punika limrahipun wontên ing papan ingkang alit-alit kemawon, angsal-angsalaning copra namung sakêdhik. Copra ingkang namung sakêdhik wau lajêng kasade dhatêng sudagar copra ingkang ragi sawatawis agêng, limrahipun sudagar ingkang kados makatên wau pinanggih wontên ing kitha-kitha. Salajêngipun sudagar-sudagar wau lajêng nyade copra dhatêng sudagar copra ingkang agêng sangêt, ingkang ing basanipun Walandi dipun wastani exporteur. Exporteur-exporteur wau pamanggènipun wontên ing kitha-kitha agêng, ingkang limrahipun dipun wastani kitha dagang, inggih punika kitha ingkang mangku palabuhan.

Kados makatên lampahing klapa ing dhusun ingkang kakintunakên dhatêng praja sanès, pangintunipun sasampunipun dados copra.

Ing sapunika kadospundi sagêdipun tiyang mitulungi tiyang siti supados sagêd angsal rêrêgèn klapa ingkang murwat. Kados ingkang sampun kasêbut inginggil, punika lampahing klapa ingkang dipun sade dening golonga tani ngantos dumugining exporteur, kathah golongan-golongan lantaranipun (bakul-sudagara alit-sudagar agêng) ingkang sami dados margi. Sampun tamtu kemawon golongan-golongan wau sami pados pituwas. Dados saupami golongan tani badhe ngagêngakên pamêdalipun, kêdah rekadaya sagêdipun ngirangi golongan lantaran wau. Dados pituwas ingkang lêrêsipun dhawah ing golongan wau, sagêd dipun tampèni dening tiyang tani piyambak.

Kados ingkang sampun kasumurêpan ing umum, golongan tani punika asring sangêt anggèning kêkirangan arta. Ingriku bakul wau lajêng nyukani panjêr dhatêng têtiyang ingkang sami gadhah kêbon klapa. Kadhingkala tiyang tani wau botên bêtah arta, nanging sarèhing sagêd angsal sambutan kalayan gampil, inggih lajêng gampil anggènipun mêndhêt panjêr wau. Jalaran saking anggèning gêgayutan kalihan arta panjêr wau, panyadenipun klapa para tani dhatêng bakul, rêrêgènipun inggih namung miturut kados kajêngipun ingkang tumbas. Patrap makatên punika pun bakul badhe sagêd angsal klapa kanthi gampil, botên prêlu tlusupan dhatêng dhusun-ingadhusun pados klapa. Kajawi punika ugi badhe sagêd nyade klapanipun dhatêng juru damêl copra tuwin juru damêl lisah kanthi ajêg.

--- 5 ---

Panjêr ingkang dipun sukakakên dening bakul wau, pigunanipun dados panancang têtiyang ingkang akêbon klapa. Mila tumrapipun bakul botên prêlu kêsêsa nagih arta panjêr wau.

Kathah tiyang ingkang akêbon klapa botên sagêd nguwalakên arta panjêr wau. Mila kados prayogi manawi têtiyang ingkang sami akêbon klapa wau gadhah grêngsêng tuwin angêdêgakên pakêmpalan ingkang sagêd nanggulangi kasusahan punika. Tindak ingkang kados makatên punika sampun dipun êcakakên dening tiyang pintên-pintên ing Bantên kanthi tuntunanipun Dienst der Schuldbevrijding (Departement Econominsche Zaken). Ingriku sampun dipun êdêgi cooperatie pintên-pintên panggenan. Awit saking pitulunganipun cooperatie punika sampun kathah tiyang ingkang sami akêbon klapa sagêd uwal saking tanganing bakul-bakul utawi sudagar-sudagar copra.

Kanthi pitulinganipun Dienst de Schuldbevrijding wau, panjêr-panjêr arta ingkang sampun sami dipun tampèni ing têtiyang tani, sampun sami sagêd kawangsulakên. Têtiyang ingkang sampun dipun têbus sambutanipun kêdah malêbêt dados warganing pakêmpalan cooperatie, tuwin kêdah nyade pamêdalipun klapa lumantar cooperatie. Witipun klapa dipun anggêp kadosdene dados gantosan, utawi sawatawis wêkdal dados gadhahanipun cooperatie. Pêpajênganing klapa ingkang dipun tampèni botên kasukakên sadaya dhatêng ingkang gadhah kêbon klapa. Wontên saperangan ingkang dipun cêngklok kangge ngêsahi sambutan panjêr tuwin kangge nicil sambutanipun. Kajêngipun, tiyang sagêd nyambut arta kangge prêluning ulah kêbun. Wontên pintên-pintên cooperatie ingkang ugi gadhah papan damêl copra.

Dados tatanan wau nindakakên tigang prakawis ingkang sajatosipun dados têtanggêlanipun pun tani piyambak, inggih punika:

1. nyade klapa ingkang sêpuh (klapa ingkang taksih ênèm botên kenging kaundhuh); 2. nglêmpakakên klapa saking sakêdhik ngantos dados kathah, supados sagêd kasade tanpa lantaran dhatêng sudagar ingkang agêng, kanthi rêrêgèn ingkang pantês; 3. nyukani sambutan dhatêng pun tani kangge prêluning ulah kêbon.

[Grafik]

Papan mepe copra

Tatanan punika sajatosipun botên gampil katindhakakên. Amargi pakêmpalan kêdah gadhah arta kangge nêbus panjêr. Warganipun pangrèh kêdah ingkang kajêng nyambutdamêl tuwin ingkang kêncêng kêkajênganipun. Warganipun kêdah sêtya. Ingkang nênuntun wau kêdah ingkang sampun jêmbar sêsêrêpanipun babagan cooperatie tuwin dagang. Ingkang langkung awrat tumraping warga, inggih punika kêdah tansah sêtya nyade klapanipun dhatêng cooperatie, botên kenging mawang sanadyan ing wêkdal punika rêgining klapa ing jawi langkung awis.

KANDHANG LÊMBU TUWIN MENDA PAKLÊMPAKAN KAGUNGAN NAGARI ING PÊNGASARAN

(Prupuk, Kabupatèn Têgal)

Kados ingkang sampun kasumêrêpan ingakathah, lêmbu ingkang pancèn asli saking tanah Jawi (ingkang limrahipun dipun wastani lêmbu Jawi) punika alit-alit, dados dagingipun inggih namung sakêdhik. Tumraping para jagal tamtunipun langkung rêmên mragad lêmbu ingkang agêng tinimbang ingkang alit, amargi prabeyaning pragadan tumrap lêmbu agêng utawi alit, punika sami kemawon.

Sarèhning lêmbu Jawi punika alit, pinanggihipun inggih botên kiyat. Saya malih manawi kangge rakitan grobag ingkang agêng-agêng ing pabrik-pabrik rosan, mila têtiyang sami pêrlu pados lêmbu ingkang agêng.

Gêgayutan kalihan kawontênan ingkang makatên wau, B.V.D. (Burgerlijke Veeartsenijkundige Dienst) ing Departement Economische Zaken sampun arekadaya ngagêngakên lêmbu Jawi sarana dipun blastêrakên. Kala salêbêtipun taun 1908 dumugi taun 1910, caraning cobèn-cobèn sampun katindakakên dening B.V.D., inggih punika amblastêrakên wau. Lêmbu Jawi wau kablastêrakên kalihan lêmbu

--- 6 ---

saking tanah Indhu, kadosta lêmbu Mysore, Guyarat, Hissar tuwin Ongole. Lêmbu-lêmbu punika langkung agêng tinimbang lêmbu Jawi. Dados blastêran lêmbu Jawi kalihan lêmbu-lêmbu punika badhe pinanggih langkung agêng tinimbang lêmbu Jawi ingkang tulèn. Miturut sêsipataning lêmbu-lêmbu, ingkang pinanggih sae piyambak ingkang kablastêrakên kalihan lêmbu Ongole. Ingkang punika, B.V.G. wiwit tumbas lêmbu Ongole jalêr tuwin èstri saking tanah Indhu.

[Grafik]

Lêbu Ongole ingkang kangge pamacêk

Lêmbu-lêmbu ingkang dipun tumbas punika namung ingkang sae-sae kemawon, supados turunanipun ugi pinanggih sae. Ingkang makatên punika, dangu-dangu gupêrmèn ing tanah Indhu botên patos rêna nyade lêmbunipun Ongole malih ingkang nama sae. Amargi manawi panyadenipun wau kalajêng-lajêngakên, dangu-dangu lêmbu ing tanah Indhu tamtu badhe kantun ingkang awon-awon kemawon. Ingkang makatên wau anjalari dhatênging lêmbu Ongole saking tanah Indhu lajêng kirang.

Sayaktosipun tumbas lêmbu saking tanah ngamanca punika kirang prayogi, amargi sagêd ugi lêmbu ingkang dipun dhatêngakên wau ambêkta sêsakit enggal ingkang dèrèng nate pinanggih wontên ing tanah ngriki.

Gêgayutan kalihan bab-bab ingkang kasêbut inginggil wau, ingkang wajib lajêng anêtêpakên, bilih ing pulo Sumba badhe kangge papan ngingah lêmbu Ongole, supados ing têmbenipun, têtiyang sagêd angsal lêmbu Ongole saking pulo ngriku, ingkang kenging kangge ngagêngakên lêmbu Jawi.

Sarêng ing taun 1914 sampun sagêd nglêbêtakên lêmbu dhatêng pulo Sumba, lêmbu èstri 600 tuwin lêmbu jalêr 50. Sadaya sami asli kadhatêngakên saking tanah Indhu. Ing sakawit lêmbu-lêmbu wau kasambutakên dhatêng têtiyang ing Sumba, pêrlu dipun ingah. Satunggal-satunggaling tiyang angsal sambutan lêmu èstri 12, jalêr 1. Ing têmbenipun têtiyang wau katêtêpakên amangsulakên dhatêng guprêmèn lêmbu 13 iji kanthi tindak lumintu. Pêdhèt-pêdhèting lêmbu wau dados melikipun têtiyang ingkang sami ngingah. Nanging sabên taun, salêbêtipun têtiyang wau taksih gadhah sambutan, kêdah ambayar anakan awarni lêmbu satunggal. Awit saking wontêning tindak ingkang kados makatên wau, anjalari têtiyang ing Sumba anggadhahi lêmbu Ongole kathah.

Kados ingkang sampun kapratelakakên inginggil, ing sabên taun gupêrmèn tampi lêmbu saking têtiyang ingkang sami nyambut. Lêmbu punika lajêng kasambutakên dhatêng tiyang sanès malih kados pranatan ingkang sampun kapratelakakên inginggil. Lêmbu jalêr sisanipun lajêng dipun sade. Ingkang sae lajêng kangge lêmbu pamacêk (kangge amblastêrakên) tuwin ingkang kirang sae kangge pragatan. Ing sakawit lêmbu pamacêk ingkang kalêbêtakên dhatêng tanah Jawi namung lêmbu ingkang tirahan wau. Dangu-dangu ingkang nêdha lêmbu pamacêk wau

--- 7 ---

kathah sangêt, anjalari kiranging lêmbu jalêr kagunganipun gupêrmèn, ngantos botên anyêkapi kangge mituruti panyuwuning ngakathah. Panyuwun wau kapêksa lajêng katumbasakên lêmbu jalêr gadhahanipun têtiyang ing pulo Sumba. Dumuginipun wêkdal punika lêmbu pamacêk wau sadaya asli tumbasan saking têtiyang ing pulo Sumba.

Dene têtiyang ingkang sami mêling lêmbu pamacêk wau botên dêdunung sapanggenan kemawon, pinanggih wontên ing tanah Jawi tuwin Sumatra. Ingkang makatên wau anjalari rêkaosing anggènipun ngintunakên saking pulo Sumba dhatêng dhusun-dhusun ingkang mêling. Mila sarêng ing taun 1920, ing Pêngêrasan, sacêlaking Station Prupuk, kabupatèn Têgal, gupêrmèn angêdêgakên kandhang lêmbu agêng. Sawarnining lêmbu pamacêk ingkang tumrap tanah Jawi kakintunakên dhatêng Pêngarasan rumiyin. Pangintunipun saking Sumba dhatêng Têgal wau kabêkta ing kapal K.P.M. Saking Têgal kabêkta numpak sêpur dhatêng Prupuk, tuwin saking Prupuk kabêkta dhatêng Pêngarasan lumampah dharat. Ing salêbêtipun lumampah (ing kapal, ing sêpur tuwin sanès-sanèsipun), gêsanging lêmbu-lêmbu wau kirang sae, wontên ingkang andadosakên sakit tuwin nandhang tatu. Lêmbu ingkang kados makatên punika dipun tahan rumiyin ngantos pintên-pintên minggu utawi pintên-pintên wulan wontên ing Pêngarasan ngantos pulih malih kêkiyatanipun, sasampunipun makatên sawêg kenging kakintunakên dhatêng ingkang mêling. Lêmbu ingkang botên tatu tuwin sakit, inggih punika ingkang saras, limrahipun panahanipun wontên ing Pêngarasan kintên-kintên namung 10 dintên kemawon. Sasampunipun lajêng kakintunakên dhatêng ingkang mêling. Salêbêtipun 10 dintên, lêmbu-lêmbu wau gêsangipun sagêd têntrêm, kenging dipun wastani sampun pulih kêkiyatanipun.

Wontênipun kandhang lêmbu wau kadèkèk ing Pêngarasan, amargi pangintunipun dhatêng panggenan-panggenan ing tanah Jawi sagêd gampil. Kandhang ing Pêngarasan punika cêkap kangge andèkèk lêmbu 200 dumugi 300. Ing sacêlaking kandhang ngriku wontên ara-aranipun pasukêtan, ingkang gampil dipun angge saba ing lêmbu, saha sagêd adamêl sênênging lêmbu, kadosdene wontên ing Sumba. Ingriku ugi dipun wontêni papan padusan awarni kulah ingkang toyanipun kauworan racun arsenicum. Manawi pêrlu, lêmbu-lêmbu wau dipun lêbêtakên ing kulah punika, supados caplak-caplak ingkang pinanggih ing badaning lêmbu, ingkang sagêd anjalari sakit bêntèr, sagêd pêjah sadaya.

Ing sabên taun wontên lêmbu pamacêk pintên-pintên atus ingkang kabêkta dhatêng tanah Jawi. Kala ing taun 1938 kintên-kintên wontên 1000.

Panumbasing lêmbu pamacêk ing tanah Jawi, limrahipun mêndhêt saking arta kas dhusun. Sadaya tiyang dhusun kenging ambêkta lêmbunipun èstri amatillakên dhatêng lêmbu pamacêk wau, supados anggadhahi turun ingkang sae. Kanthi langkah makatên punika, ing wêkasanipun lêmbu-lêmbu ing tanah Jawi sagêd agêng-agêng, anyamèni lêmbu Ongole.

Ing Sumatra ugi kawontênakên, kandhang lêmbu ingkang kados makatên, inggih punika ing Padang Mêngatas (paresidhenan Sumatra Kilèn), saking papan ngriku punika sagêd ngintunakên kewan dhatêng pundi-pundi kalayan gampil.

Ing Pêngarasan ugi kawontênakên kandhang menda Etawa. Menda punika aslinipun ugi saking tanah Indhu. Pêrlunipun kadhatêngakên ing tanah ngriki ugi kados lêmbu wau. Dados pêrlu kangge ngagêngakên menda kacangan (menda asli tanah Jawi), kanthi patrap kablastêrakên. Ngantos sapunika menda Etawa punika taksih pêrlu kadhatêngakên wontên ing tanah ngriki saking Indhu. Mênggah wigatosing pambudidaya wau, supados ing tanah ngriki anggadhahana menda pamacêk piyambak ingkang nyêkapi. Amargi tumbas menda dhatêng nagari sanès, punika botên gampil. Kajawi punika dhatênging menda ngamanca wau sagêd ugi ambêkta sêsakit enggal, ingkang ing tanah ngriki botên wontên.

PAWARTOS REDACTIE

Ingkang wajib tumraping Muder Centrale sampun mara-marakakên kawrat ing sêrat sêbaran ing wulan November 1938 no. 38/C/38 tuwin sampun dipun sumêrêpi ing para ingkang maos "Warta Cooperatie", bilih wiwit wulan Januari 1939, kalawarti "Warta Cooperatie" (ingkang kawêdalakên dening Perhimpunan Cooperatie Muder Centrale ing Bêtawi), kadadosakên satunggal kalihan kalawarti Pêrekonomian Ra'yat ingkang kawêdalakên wiwit 11 Januari 1939. (Ingkang ugi kawêdalakên ing basa Jawi, nama "Ekonomi Ra'yat").

Dados kalawarti Ekonomi Ra'yat punika badhe ngêwrat pawartos warni-warni ingkang gêgayutan kalihan Cooperatie.

[Grafik]

K.T.I.W. Gupêrnur Jendral rawuh ing papan pambathikan gadhahanipun R. Wongsodinomo, sêsêpuhing Pêrusahaan Batik Bumiputêra Surakarta.

--- 8 ---

PAWARTOS SAKING DIENST COOPERATIE

Kala tanggal 1 October 1938 wontên bank cooperatie Simpênan tuwin Sambutan tumrap para pênsiunan tiyang siti cacah 52 ingkang kalêbêtakên ing rêgistêr.

Ingandhap punika namaning cooperatie wau (28). Sanès-sanèsipun badhe kapacak ing Ekonomi Rayat No. 2.

[Grafik]

[Iklan]

--- 0 ---

[Iklan]

--- 0 ---

[Iklan]

--- 0 ---

Kajawèn

No. 5, 17 Januari 1939

Bale Pustaka, Batawi Sèntrêm

--- 0 ---

RAMA

Punika Sêrat Rama gancaran, têtilaranipun R. Ng. Kartapraja, guru basa Jawi ing pamulangan calon guru ing Surakarta jaman kina.

Tumrap ingkang kirang paham dhatêng Sêrat Rama mawi têmbang, têtilaranipun R. Ng. Yasadipura, ingkang ugi sampun kawêdalakên dhatêng Balepustaka, Sêrat Rama gancaran punika agêng sangêt paedahipun. Awit lajêng sagêd nyumêrêpi lêlampahanipun Sang Rama kalihan gampil.

Sêrat Rama gancaran kawêdalakên mawi aksara Latin sarta rinêngga ing gambar, wujudipun pèni. Para neneman ingkang kirang paham dhatêng aksara Jawi, sagêd tumut nyumêrêpi lêlampahanipun Sang Rama.

Lêlampahanipun Sang Rama punika satunggaling cariyos kina ingkang sakalangkung nêngsêmakên. Pantês dados waosanipun para sêpuh lan para neneman. Murih botên damêl kawratanipun ingkang sami ngarsakakên mundhut, rêginipun Sêrat Rama gancaran kadamêl mirah sangêt.

Cobi kula aturi ngicipi, ing ngandhap punika pêthikan saking Sêrat Rama gancaran:

Ing nagari Ngayodya wontên ingkang jumênêng ratu, ajêjuluk Dhasarata, sudibya saha mungkul dhatêng ing agami, putus dhatêng ing sastra, tuwin dhatêng sawarnining kawruh, asih dhatêng para abdinipun, ingkang tan pêgat asring kaganjar. Wondening ingkang kagalih namung isarat, ingkang kenging andadosakên karaharjaning nagarinipun.

Sang nata kagungan garwa têtiga anama Dèwi Ragu utawi Sukasalya, kalih Dèwi Sumitra, tiga Dèwi Kêkayi.

Prabu Dhasarata botên kagungan putra, saha sagêd kapenginipun apêputra kakung, ingkang katitisan ing Bathara Wisnu. Lajêng animbali pandhita satunggal, anama Bagawan Wasistha, kakarsakakên ambudi isarat kasêmbadaning puji sagêdipun apêputra kakung.

Pamrayoginipun Bagawan Wasistha sang nata asidhêkaha dhumatêng para dewa, inggih punika ingkang minôngka isarat kadumugèning karsanipun sang prabu. Pirêmbagipun Bagawan Wasistha makatên wau lajêng linampahan.

Lami-lami garwa têtiga wau sami ambobot. Ingkang ambabar rumiyin Dewi Sukasalya, miyos kakung, kaparingan nama Rama. Anuntên Dèwi Kêkayi ambabar kakung, kaparingan nama Brata. Lajêng Dèwi Sumitra apêputra kakung, kaparingan nama Laksmana. Botên watawis lami Dèwi Sumitra ambabar malih kakung kaparingan nama Satrugna.

Rajaputra sakawan wau sasampuning diwasa, lajêng kapasrahakên dhumatêng Bagawan Wasistha, supados kawulanga ing sawarnining kawruh, saha kadigdayan tuwin lampah-lampahing prang. Sarêng sampun sami putus dhatêng ngèlmi ingkang winulangakên sadaya, lajêng kabêkta kondur dhumatêng kadhatonipun ingkang rama. Wontên ing ngriku putra sakawan wau kamuk ing kawignyan saha kadigdayanipun.

Lajênging cariyos: Sang Rama dhaup kalihan Dèwi Sinta, lajêng mêmêngsahan kalihan Prabu Dasamuka. Rama unggul pêrangipun. Têlas-têlasanipun cariyos, Sang Rama jumênêng nata anggêntosi ingkang rama wontên ing nagari Ngayodya.

Dados Sêrat Rama gancaran punika cariyosipun wêtah, botên beda kalihan Sêrat Rama mawi sêkar.

Sumôngga ! kula aturi nyatakakên wêling dhatêng:

Balepustaka - Batavia C.

--- 65 ---

Ôngka 5, Sla Pa, 26 Dulkangidah Jimawal 1869, 17 Januari 1939, Taun XIV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Slasa lan Jumuwah

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Balepustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 Bêtawi Sèntrêm.

Sêngsêming warga karajan

[Grafik]

Putri Beatrix sampun mèh yuswa sataun, gênging sarira kalawan-lawun, katingal adamêl sukaning ibu rama. Kawartosakên, sang putri sampun kacacar. Pinanggih sae.

--- 66 ---

Wiraosan Sêrat

Sambêtipun Kajawèn nomêr 3

Sêrat Damarwulan, wêdalan GCT Van Dorp en co. ing Samarang tanpa ciri taun, mangastuti nungkêmi padèng sudarma.

Ing ngandhap punika wangsul malih anyariyosakên wêwatêkanipun tiyang kathah (kudde geest):

[Sinom]

Saya eram kang tumingal / gumun sarya amèstuti / ... / ... / sagung wong Maospait / anjomblong ing tyas pumugunsumugun. '/ garjita manglêmbana / dhatêng rahadyan kêkalih / wantêr sanggup wicaksana ngêntas karya //

Ing kasusastran, punapadene ing karawitan sanèsipun kêrêp amigunakakên climax, inggih punika saya mindhak-mindhaking kawontênan upami raos grêgêt, kados ta: grêgêding gêndhing ingkang kangge anggamêli wayang pêrang, wiwit ènjèr ladrangan minggahipun dados prang sampak dumugining prang gangsaran, punika ngawontênakên climax.

Makatên ugi pangalêmipun tiyang Majapait dhatêng Seta Kumitir inggih mawa climax, têgêsipun saya dangu saya andêdêl.

Climax ingkang dipun pigunakakên sang pujôngga amracihnani malih pramananipun dhatêng wêwatêkanipun tiyang kathah, têrangipun makatên.

Wantêr, atêgês kêndêl, punika sae.

Sanggup inggih punika botên lênggana ing damêl, saya sae.

Wicaksana, sumêrêp wêwados tuwin badhe kadadosaning lampah, sae sangêt. Nanging sadaya wau tumraping tiyang kathah têksih kawon sae tinimbang kalihan

Ngêntas karya, amrantasi.

Sanadyan pangêntasing karya namung adhapur kalêrêsan pisan, ingkang sêpi ing kakêndêlan, kasanggupan tuwin kawicaksanan, inggih mêksa dados saening sae.

Saya cêtha pramananipun sang pujôngga dhatêng wêwatêkaning massa ing climax ingkang sumusul.

[Sinom]

Dhasar ladak kasêmbadan / winasis kandêling Gusti / tur atmajaning apatya / ...

Punika amungkasi kasaenanipun ... putranipun bandara kangjêng, kok mas.

Wontên lare nem-neman kalih ingkang dèrèng supe gabloging lampah, nanging têksih kêlarenên, dèrèng sagêd andumuk panggenanipun:

... /konjêm sang atmajèng Tubin / cêngêng èsthining galih / tan subawa tanpa dulu / bukuh sinamur mucang / ...

Wontên malih adèn-adèning tiyang Majapait, Dyan Menak Koncar, ingkang sagêd andumuk gabloging lampah sawarni êngkas, pantês kangge anisihi Dyah Rarasati. Kagatosna: gablog ingkang dipun dumuk Dyah Rarasati punika beda kalihan ingkang dipun dumuk Dyan Menak Koncar.

... / Menak Koncar kang kawarni / panas mulat ing Seta Kumitir Radyan //

--- 67 ---

[Sinom]

Yèn dhèhèm anocog manah / lirikira amarkitik / ingusap rêrawisira / agêmpung rasaning ati / aja jriha ing Gusti / kaya anuduka gapruk / kaya mancasa kêcras / ing mukanira dyan kalih / ...

Mangkêlipun Sang Menak Koncar wau botên kabêkta saking botên purun kaungkulan ing liya, punika botên, katitik saking tanggapipun dhatêng Damarwulan ing nginggil wau. Mangkêlipun kabêkta saking Menak Koncar botên pitados dhatêng katêmênanipun Layangseta-Layangkumitir. Tur sêpining pitados wau inggih maton, panyawangipun Sang Menak Koncar dhatêng Layangseta-Layangkumitir makatên:

... / angsal karya gèsèh rarasing watara //

Miwah solanging pratingkah / tan têpung kalawan budi / wêwangunan datan angsal / guwayanira tan nyait§ Tulisan Arab sahid, syahid, sahid = sêksi. '/ dudu êmpaning kardi / yèn wania takêr marus / sênadyan ta puruna / sêpi ing widagdyèng jurit / wirasatnya panguripe mung wicara //

Mradapa matut kang endah / sinêkar ing pôncaniti / andrêsanani ing tindak / tanduk ingkang adu manis§ tindak tanduk punika satêmbung. '/ nging ta madhêp mrih sisip / kang adoh karyaning pupuh / ing mangke wignyan nigas / Menakjingga wudhu jurit /… punika dipun mokalakên, dipun anggêp gablog

dewa bingung yèn asunga kaprawiran //

Mila tansah mênggah-mênggah / dyan arya kapati gêthing / sabarang kinarya sêmang / labête amêjanani§ tindak tanduk punika satêmbung. '/ ...

Seta Kumitir punika cidra, jirih panasbaran, nanging botên bodho.

... / Radyan Seta Kumitir / wus nyana nanging pitambuh / sinamur nyawang ing lyan / saya umbag dènirangling / adu sêmu dènira sumbar-sinumbar //

Ing ngriki pantoging climax ing gêgambaran ingkang kula cuplik punika.

Pangajêng-ajêng kula mugi-mugi ingkang dèrèng nate maos Sêrat Damarwulan punika kaparênga anêpangi, sampun ajrih ingkang saru alekoh, Sêrat Damarwulan pancèn dede waosan lare. Sintên ingkang wani anrajang ingkang saru alekoh punika badhe manggih pituwas pintên-pintên sêsotya nawa rêtna ingkang èdipèni. Ing Batawi, kaping 12 Nopèmbêr 1938.

Kandhiur

--- 68 ---

Kawruh Sawatawis

Candraning Dalu

[Maskumambang]

jroning wêngi wayahe wus titiyoni / ayêm ingayoman/ karahayon jroning bumi / pinayungan kayuwanan //

[Grafik]

Jroning wêngi wayahe wus titiyoni…

tinon têntrêm tata rakitirèng ratri / abyor lintang-lintang / mawantah kang sitarêsmi / sêpi samun sabuwana //

nir kang swara mung wêwarnan madyèng wêngi / ngênguwung kawuryan / wiwit wangune ngalingi / ngalangut lalu ngalela //

lêng-lêng mulat lêlangên pulasing langit / kumêlap kèlingan / kalingane lingsir wêngi / wayahe wong kudu nendra //

pinilalah anggana madyaning wêngi / nèng latar priyôngga / anggagas pringganing ratri / eman mring rêngganing wiyat //

tanpa karya lintang wulan lir kulingling / lêledhang nèng tawang / sung padhang asrining ratri / tan ana kang ngrasakêna //

sèsining rat samya pulês gyannya guling / lêrêm jroning nala / ilang nalangsaning batin / lagi gêla winardaya //

wit linipur pêpêtêng têntrêming ratri / ngorok sêsênggoran / sêgêr saranduning dhiri / pulih lêsu rapuhing tyas //

nora butuh taranggana pating krêlip / wulan kêkalangan / kang dadi pulasing ratri / tan ngèlingi kalamôngsa //

lir angganing janma yun widagdèng budi / ngudi kapintêran / dupi wus putus sakalir / lumuh nularake liyan //

kawignyane lir gambar nèng tembok adi / kabèh kinèn nyawang / sanadyan ta jroning ngimpi / durung tangi saking nendra //

yèn bênêre kudu dipun gugah dhingin / hèh babo tangia / srêngengene uwis inggil / kudhi pacul cêpakêna //

sun tuduhi galo dalan kang sajati / kang dadya pancadan / mring gon widadaning urip / adoh rubedaning gêsang //

nora beda wong mêngku mulyaning urip / karêp tan rumasa / mring rêkasaning lyan janmi / kang butuh mring pitulungan //

datan pae wong duwe pangwasa luwih / sêpi pangayoman / wêwênange nyimpang adil / tan duwe têpa salira //

apa

--- 69 ---

luwung pêtêng bae jroning ratri / tanpa lintang wulan / lamun isih samya guling / mundhak mung dadya sawangan //

Kadhaton ing Boedapest

[Grafik]

Sêsawangan kadhaton karajan enggal Ônggari ing Boedapest, sapinggir lèpèn Donau.

parandene tan kêna janma maoni / langêning kaanan / nadyan ta warnaning wêngi / lintang wulan kêkalangan //

kalingane wus mawa wêwaton adil / dêlêngên dêdalan / dalidir samya lumaris / maring pasar rut-urutan //

sukuring tyas jinangkung padhanging wêngi / pêpêtênging dalan / ginanti padhang nêlahi / ilang sangsayaning lampah //

lan maninge galo kang nèng omah wêlit / balêrêting diyan / labêt lêngane mèh ênting / sinumbang padhanging wulan //

ngrasa marêm marang parmanirèng ratri / têntrêm tyas pitaya / tan samar sesuk yèn tangi / mokal lamun nora madhang //

labêt wêruh lawa kalong kang nèng langit / tinon kêlap-kêlap / tan ulap têbaning langit / dènnya samya ngupaboga //

lir sung peling silih ngalanguting langit / mêksa ana pangan / anggêr tan wêgah golèki / kanthi sabar santosèng tyas //

Tejasusastra

[Iklan]

--- 70 ---

Panggulawênthah

Andhasari Wataking Lare

Kados sampun botên prêlu kula andharakên rumiyin sapintên prêlunipun sarta saenipun, manawi sabên tiyang sagêd namakakên panggulawênthahing lare ingkang pratitis, cocog kalihan wanci tuwin takêranipun. Upami caranipun tiyang damêl griya, manawi sumêrêp bilih pandhêmèn punika bageyaning griya ingkang dados dhêdhasaring kêkiyatanipun griya ing têmbenipun, têmtu lajêng manah sangêt, kadospundi anggènipun masang pandhêmèn wau ingkang prayogi.

Kawuningana, mênggah wataking satunggalipun tiyang, punika kawontênanipun inggih mèmpêr kalihan griya ingkang kula andharakên ing nginggil wau. Manawi sagêd wontên dhasaripun ingkang sae sarta kiyat, têmtu ing têmbe mitulungi sangêt tumrap kadadosaning watakipun. Miturut panitipriksaning para ahli ngèlmu jiwa, wataking manungsa punika dadosipun têtêp antawisipun umur 21 dumugi 25 taun. Sasampunipun punika kenging dipun wastani botên ewah malih. Mênggahing olah-olahan sampun matêng, manawi sangit inggih sampun botên sagêd ngowahi malih. Mila para ahli panggulawênthah lajêng mastani wêkdal punika môngsa matênging lare.

Mênggah lampahing dumadosipun watak, punika ingkang dados rumiyin dhasaripun, sasampunipun punika sipat-sipatipun. Ing ngriki ingkang kula rêmbag namung bab dumadosipun dhasar.

Yèn lare sampun umur kirang langkung 2 taun limrahipun wiwit nakal, saya dangu saya nakal, mêdal kêkajênganipun warni-warni, sarta angèl cêpêng-cêpênganipun. Rêmênipun mrentah sanès, ibunipun, bapakipun, sadhèrèkipun sarta sintên kemawon ingkang cêlak, kajêngipun sawatawis dangu panêdhanipun kêdah dipun turuti, manawi botên lajêng nangis, rèwèl utawi ambêgogok nguthawaton. Kajawi punika katingal èpèh, jail, tuwin panjêring pêpenginan tansah badanipun piyambak. Ingkang makatên wau sadaya kalêbêt limrah, botên nandhakakên yèn watakipun badhe awon, ananging manawi botên kacêpêng sae sarta angsal tuntunan ingkang samêsthinipun, pancèn inggih sagêd dados barang ingkang botên prayogi. Asring kemawon kula mirêng satunggiling bapak utawi ibu ingkang sambat, anakipun alit nakal sangêt, botên gadhah ajrih dhatêng bapak utawi ibu, utawi botên purun nurut dhatêng tiyang sêpuh. Pancèn wêkdal punika lare nuju angèl-angèlipun, tur gadhah sipat kumraja-raja. Nanging kawuningana, miturut panitipriksaning para ahli, ing wêkdal punika jêbul malah kathah sangêt dayanipun, manawi lare sagêd dipun cêpêng sarana sae, tur sarana pratitis, awit mubaling kanakalan wau jêbul nandhakakên yèn pangolahipun wontên ingkang badhe matêng. Mila bumbu-bumbu enggal dipun komplitakên, sampun ngantos kirang. Ing wêkdal punika wontên bageyaningDilanjutkan pada hlm. 71 setelah tanda garis.

--- 71 ---

Mr. Dr. R. Ng. Subrata dados Burgêmistêr.

Sampun kêrêp wontên rêraosan tuwin wartos ing ariwarti, ing bab tiyang siti gêgayutanipun kalihan pangkat burgêmistêr. Ing sapunika kalampahan Mr. Dr. R. Ng. Subrata, amtênar ing dhepartêmèn Pangrèh Praja ing Batawi, katêtêpakên dados burgêmistêr ing Madiun. Inggih panjênênganipun punika satunggiling burgêmistêr tiyang siti ingkang kapisanan.

[Grafik]

Mr. Dr. R. Ng. Subrata

Bab pawartos anggèning Mr. Dr. R. Ng. Subrata badhe katêtêpakên dados burgêmistêr punika sampun dangu, saking sêrêng saha sumubing pangajêng-ajêng, ngantos kawartosakên katêtêpakên dados burgêmistêr ing Cirêbon, nanging pinanggihipun namung kandhêg ing wartos kemawon.

Ing sapunika nyata, panjênênganipun katêtêpaken dados burgêmistêr ing Madiun. Têtêpipun Mr. Dr. R. Ng. Subrata dados burgêmistêr, lajêng nyirêp sawarnining rêraosan, ingkang amastani bilih tiyang siti botên gampil katêtêpakên dados burgêmistêr, kanthi raos panyeda.

Têtêpipun Mr. Dr. R. Ng. Subrata punika botên jalaran saking kapanujon, pancèn nyata dipun pilih yêktos, pinanggih saking titikipun sampun botên nguciwani, awit, panjênênganipun punika kajawi wêdalan pamulangan luhur, ugi sampun dangu wontên ing gêmintê rad Surabaya, dados warga, inggih Wethouder tuwin wêwakil burgêmistêr, dados Gedeputeerde Prov. Raad Jawi Wetan tuwin wewakil gupêrnur. Sawarnining padamêlan ingkang kasarira, pinanggih sarwa botên nguciwani, malah kapara kaduk ingalêmbana.

Botên langkung, redhaksi Kajawèn ugi andhèrèk mêmuji mugi Mr. Dr. R. Ng. Subrata amanggiha suka bagya tuwin umbuling drajat tiyang siti andadosna tuntunan ing salajêngipun.

____________________

[Lanjutan dari hlm. 70]

kabatosaning lare ingkang badhe dados, inggih punika dhasaring watakipun. Tuntunan utawi panggulawênthah ingkang pratitis, sagêd numusakên dhasar ingkang prayogi tur kiyat. Dhasar ingkang sae punika salajêngipun badhe damêl prayoginipun thukuling wêwatêkan ingkang sae. Kawontênan ingkang makatên punika ngantos kirang langkung 5 taun laminipun, ngantos wancinipun lare umur 6 taun, utawi 7 taun. Sabibaripun punika dhasaripun sampun kenging dipun wastani dados. Sampun botên gampil ewahipun, manawi sae, bathi salajêngipun, manawi awon, tuna salajêngipun. Ing ngriku wigatosipun. Badhe kasambêtan.

Mangunsarkara.

Wangsulan Rêdhaksi

K 3527 ing S. Urut-urutaning pandangu panjênêngan: Wukir Julungpujut, Tambir, Tolu, Kuruwêlut, Manail, Kuruwêlut, Sungsang, tuwin Watugunung.

--- 72 ---

Sêla, Bayalali

Kithanipun. Kabupatèn ing Bayalali punika ingkang sisih kilèn watêsipun dumugi rêdi Mêrapi sarta Marbabu. Ing antawisipun rêdi kalih wau wontên lêlêngkèhipun, ing ngriku punika dunungipun kaondêran ing Sêla. Têbihipun saking Bayalali watawis 18 km, inggilipun saking lumahing sagantên 1700 mètêr. Hawanipun langkung asrêp tinimbang; Tawangmangu utawi Kaliurang, langkung malih manawi nuju môngsa grubugan, inggih punika yèn nuju kathah angin.

Kados salimrahipun tanah parêdèn, sitinipun mêndhak mêdhukul, pèrèng jurangipun lêbêt. Kitha lan padhusunanipun mèngkrèng tundha-tundha tharik-tharik urut sêsêngkaning pasitèn. Yèn nuju kathah pêdhut sarta ampak-ampak, griya-griya punika katingalipun kados sumamar wontên ing mega pêthak, nyingidakên kaendahanipun. Dene yèn nuju têrangan sarta ing awang-awang rêsik, sêsawanganipun kados dipun kêtog endahipun. Jurang pèrèng katingal pating jalarèh, padhusunanipun sumêla ing sêsêlaning rêdi. Pucakipun rêdi Marapi katingal ngalela, kukusipun kumêlun prasasat ngayuh ngakasa. Ing wanci enjing sêsauranipun sawung kaluruk swaranipun mawurahan, kasêlan jagigrèking sata wana, adamêl sarining pamirêng.

[Grafik]

Pasanggrahan Bukit Ngendramarta

Sabên pasitèn kathah tanêmanipun sêsêkaran warni-warni, tuwuhipun subur angrêmbaka menginakên, kanthi ambabar gônda arum awangi, maratah ing saênggèn-ênggèn, prasasat kados sumawuring puspita wontên ing tilamsari, satunggal-satunggaling sêkar kados ngungasakên kaendahanipun, rêrêbatan kalangkungan sarta èdipèninipun. Mawar sarta rêgulo ingkang agêng-agêng tumiyung ngêwrati gagangipun, kados nguwuh-uwuha amrih pinêthika ingkang mulat.

Pasanggrahan Bukit Ngendramarta. Asri sêngsêmipun ing Sêla, karêngga saking wontênipun pasanggrahan dalêm ingkang nama Bukit Ngendramarta. Pasanggrahan [Pasang...]

--- 73 ---

[...grahan] punika yasa dalêm swargi Sampeyan Dalêm P.B VI (Sinuhun Banguntapa), dados sampun atusan taun. Lajêng dipun bangun malih awit saking karsa dalêm ingkang minulya saha wicaksana. Pasanggrahan dalêm punika agêng, gêdhègipun kaca gêdhah, ing sakiwa-têngênipun kêbak patamanan ingkang dipun tanêmi sêsêkaran warni-warni. Manawi ing kraton wontên pasamuwan, sêkar-sêkaripun ingkang kangge bokèt wêdalan ing Sêla, saening sêsêkaran ing Sêla nglangkungi kalihan wêdalan sanèsipun, amargi kajawi angsal pangupakara sae, hawanipun nocogi kalihan gêsangipun. Pasanggrahan punika kajagi satunggaling abdi dalêm apangkat lurah, ingkang tinanggênah nguwaosi thêk kliwêripun ing ngriku.

[Iklan]

Pasanggrahan punika botên nate dipun têdhaki, namung kagêm patirahanipun para luhur, utawi manawi wontên tamu dalêm saking môncapraja, kathah ingkang sami ngenggar-enggar dhatêng Sêla, prêlu pados saening hawa sarta sêsawangan parêdèn, ingkang damêl lamlaming manah. Kangge nulak asrêping hawa, ing ngriku sampun dipun sadhiyani padhiyangan (kachel). Badhe kasambêtan.

Radèn Sasrasumarta.

Angsal sêsêbutan Adipati

[Grafik]

Ing sawatawis dintên punika K.R.A.A. Moeh Moesa Soerja Karta Legawa (gambar kiwa sakalihan garwa) Bupati Garut angawontênakên pahargyan minôngka tôndha suka anggèning angsal sêsebutan adipati. Ing wêkdal pahargyan wau têtiyang ing Garut sami ngawontênakên arak-arakan minôngka ngatingalakên suka ing manah anggèning ingkang bupati angsal sêsêbutan (gambar têngên)

Saha sampun sumêbar ing pawartosipun, ingkang bupati wau kapilih dados warga rad kawula.

--- 74 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Ekonomi Tanah Piyambak

I.

Garèng: Mêngko sik, Truk, sadurunge kene angrêmbug kamajuane kabudidayan sarta panggaotan ing tanahe dhewe kene, aku arêp anjajagi nyang atimu dhisik: bangsane dhewe kiyi apa ora wajib ngucap: têrima kasih dhi banyak-banyak, dene rikala samono Jêpang wis ambanjiri barang-barange ing tanahe dhewe kene iki.

Petruk: Wah, iya dhinês, Kang Garèng, anggone kene kudu ngucap: arigato (trimakasih), iya sing rete-rete kae. Awit ing kala samono jaman mêlèsèd, wong-wong bangsane dhewe umume padha disatru ing dhuwit, kathik rêgane barang-barang larange ngudubillahi minas sèsèti, cêkake ing kala kuwi bisa kalakon bangsane dhewe bakal bali uripe nyara Kangjêng Nabi Adam têmênan, saupama barang Jêpang ora tumuli banjur têka ing kene: sor, sor, sor ...

Garèng: Wayah, kathik kaya u ... dan, mêngkono ...

Petruk: Bênêr, Kang Garèng, yèn kok padhakake udan awit ing kala samono mula iya mèmpêr yèn barang Jêpang kuwi diupamakake banyu udan. Jalaran banyu udan kuwi mula iya gêdhe gunane, kathik ora ana rêgane. Mêngkono uga barang-barang Jêpang, ing jamane mêlèsèt mau, tumrap bangsane dhewe mula gêdhe bangêt gunane, kathik jalaran saka murahe prasasat ora ana rêgane. Jalaran saka iku, sanadyan ing kala samono uripe bangsane dhewe bangêt anggone kêtèkèng-tèkèng, ewasamono katone isih padha mêthènthèng, jalaran saka barang-barang Jêpang sing mêntèrèng, kang rêgane mung bôngsa klima tèng, kang anjalari wong lanang padha mêthènthèng, wong wadon padha ngèrèng-ngèrèng ...

Garèng: Anak putu tangise gèrèng-gèntèng, sabab barange ora payu sacêpèng, yèn ora dianakake pranatan sing mrênèng, anak putu sida kalakon gèpèng ...

Petruk: Wis, wis, wis, kok banjur nimbangi murwakanthi mêngkono. Dadi iya wis pantêse bangsane dhewe narimakasih mênyang Jêpang mau. Nanging iki ora kêna atêgês: bangsane dhewe banjur kudu gumantung bangêt nyang barang-barang Jêpang mau, kosok-baline bangsane dhewe kudu wani tumandang gawe sing nganti aja gumantung nyang barang-barang ngêndi bae. [ba...]

--- 75 ---

[...e.] Mulane atiku gêdhene sagunung ... Tidhar, Kang Garèng, dene saikine bangsane dhewe wis padha ngawiti tumandang gawe, kang karêpe supaya ing têmbe aja nganti gumantung nyang nagara liya. Kaya ta tuwuhe panggaotan anyar ing Majalaya (Bandhung), yaiku, gawe sarung, lho kuwi saikine, wah, wis maju têmênan.

Garèng: Ing bab majune aku ngandêl, Truk, nanging iki banjur ngêmu karêp, supaya wong Jawa padha nganggo sarung, wah, bakal nyuda luwêse wong Jawa, Truk. Hla wong Jawa kudu sarungan, kathik nganggo blangkon cara Sala upamane, mathuke iya banjur kudu nganggo jênêng: Mas Marta Aji Dulphatah. Kosok-baline yèn bêbêdan wiron malithit, kok banjur nganggo kêthu, mathuke iya jênêng Mas Haji Muhammad Tarupala. Lha nèk isih jênêng: Mêrtawikalpa, Kramaleya, Surabodong, lan sapêpadhane, kuwi mathuke iya kudu bêbêdan lan ikêt-ikêtan.

Petruk: HtaHla. nèk nganggo pantalon banjur ikêt-ikêtan.

Garèng: Nèk cara jaman biyèn mêngkono iya ... tukang musik.

Petruk: Apa dudu ... jongos kamarbolah. Kang Garèng, ing bab panganggo mungguhing jaman saiki, ambok aja tungkul golèk bagus-bagusan, utawa luwês-luwêsan, sing nomêr siji rak anggêre aja pating pênthêlèt, bisa rapêt, sokur pantês. Dene anane sarung Majalaya mau, diênggo pancèn wis pantês, sarta saikine akèh wong sing padha dhêmên. Mulane aku ora maido, yèn padagangane sarung Majalaya kuwi saikine payu bangêt.

[Grafik]

Garèng: Alkamdulillah. Mung bae aku kok iya rada kuwatir, yèn saradane nagara banjur muncul manèh, yakuwi saradan anggone sok bangêt-bangêt opèn nyang pagaweane uwong, kaya ta sok banjur nganakake pranatan: kowe gawe barang kaya ngene, bêcik, nanging ora kêna luwih saka samene, hur, awas, yèn nganti panggawemu ngluwihi kaya sing wis taktêtêpake mau.

Petruk: O, ngrêti aku karêpmu, Kang Garèng, iki pranatan nagara sing diarani: lisènsi kae, yaiku: matêsi cacahe barang sing digawe, iki mêsthine banjur kok arani, yèn nagara banjur jail mêthakil, wong gawe barang dhuwit-dhuwite dhewe, kathik banjur diwatêsi cacahe.

--- 76 ---

Kang Garèng, kowe aja kaliru tômpa. Krêsaning nagara sing kaya ngono kuwi, nêdya anjaga kaslamêtane kene. Murih cêthane, saiki takwènèhi tuladha kang wis kadadean ing nagara liya, yaiku: jalaran nagara mung ngêjor wong-wonge sakrêsa-krêsa, kadadeane banjur anèh-anèh, wong sing ora ngrêti mêsthine iya misuh-misuhi, nanging iki ... pulitik dagang, Kang Garèng. Yakuwi ing tanah Brasiliah upamane sawatara taun kang wus kapungkur. Ing kala samono wong sadunya sing ora padha ngrêti, padha gumun kabèh, dene para juragan-juragan kopi padha ngêmot kopine nganti pirang-pirang èwu dhacin ana ing kapal. Iki kok ora nêdya didol nyang nagara liya, nanging kopi sasayahiraneki mau, jêbul dibuwangi kabèh nyang ... sagara. Apa iki sababe. Ora liya sababe: anggone panèn kopi ing wêktu kuwi kakehan bangêt, lan iki bisa anjalari rêganing kopi bakal murah êmbahne murah, malah bisa uga kalakon, kopi banjur ora payu babar pisan saka akèhe mau. Mulane sabagian kudu dibuwangi, supaya pasadhiyane kopi bisa ajêg kaya padatane. Hla nèk pasadhiyane kopi mau ajêg, ora kakehan, rêgane mêsthine iya ajêg, ora bakal mundur.

Saiki tuladha liyane manèh, durung watara suwe kiyi kabare ana wong Jêpang sugih nunggang kapal, anggawa pêthi pirang-pirang isi mutiara. Ana ing têngah-têngah sagara mutiara sapirang-pirang sing rêgane mêsthi iya sahohah kuwi mau, padha dibuwang ana ing sagara. Iki apa prêlune, Kang Garèng, ora sabab wong Jêpang mau saka ora ngrêgani nyang mutiara, nanging ngêmungake kuwatir yèn ing dunya kene bakal kakehan mutiara, hla nèk ing dunya iki banjur kakehan mutiara, mêngko rêganing mutiara banjur padhane klungsu bae, ora payu, Kang Garèng, mulane saperangan banjur dibuwang, supaya rêganing mutiara ajêg larang kaya sing uwis-uwis.

Arêp tuladha manèh, bêcik. Kira-kira lima utawa nêm taun saprene, juragan-juragan gandum ing Amerikah padha ambuwangi gandume nganti pirang-pirang kapal nyang sêgara, Kang Garèng, iki sababe anggone panèn gandum kakehan bangêt, kang bisa anjalari gandum banjur ora ana rêgane babarpisan. Dibuwang sathekruk mau, karêpe supaya pasadhiyane gandum ing kono bisa ajêg kaya sing uwis-uwis, prêlune supaya rêganing gandum bisaa ajêg kaya wingi uni.

Mêngkono uga nagara amatêsi pabrik sarung Majalaya anggone gawe sarung mau. Ora liya iku mung sawijining panjaga aja nganti ngrusak rêganing sarung mau, awit yèn panggawene nganti kakehan, banjur pangêdole nyang ngêndi. Ora wurung, ing sarèhne wis kêbanjur gawe sasayahira bangêt kae, bisa kalakon diêdoli kanthi rêga sing murih bangêt, Kang Garèng. Mulane kowe aja guru-guru andakwa nagara sing ora-ora, anggone nganakake pranatan amatêsi panggawene sarung mau, rak wis dipanggalih dawa bangêt kae, ora liya iya saka emane nagara nyang para kawulane, Kang Garèng.

--- 77 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

Angsal-angsalan S.C.S. tuwin S.J.S. Ing wulan December kêpêngkêr angsal-angsalanipun S.C.S. wontên f 152.000,-. Ing wulan makatên taun 1937 wontên f 179.000,- Angsal-angsalan salêbêtipun sataun f 2.385.000,-, ing taun pêndhakipun f 2.395.000,-. Angsal-angsalanipun S.J.S. ing wulan December kêpêngkêr wontên f 115.000,- December 1937 wontên f 107.000,-Salêbêtipun taun 1938 wontên f 1.323.000,- ing taun 1937 wontên f 1.313.000,-

Bêna lèpèn Brantas. Sampun sawatawis dintên lèpèn Brantas bêna, tumrap laladan Tulungagung ngêlêbi pasabinan ing dhusun Tawangsari, Majan tuwin Winong lêbêting toya ngantos 1 m. Pakampungan ing Kêdiri toya ngantos 1 1/2 m. Krêtêg ing Sêmampir dipun awisi botên kenging dipun langkungi, amargi tansah karaos orêg. Rahayu dene bêna wau botên dangu.

Jawah prahara ing Ngayogya. Sampun sawatawis dintên ing Ngayogya wontên jawah prahara, adamêl karisakanipun pabrik Tanjung Tirta, wontên tanêman rosan 40 ha ambruk lèsèh ing siti. Wit-witan kathah ingkang ambruk. Gudhang ing pabrik Saragêdug dipun sambêr ing gêlap, kêbêsmi têlas-têlasan.

Pajêg têtingalan ing Bandung. Angsal-angsaling pajêg têtingalan ing Bandung ing wulan December 1938 wontên f 11.149.18, ing wulan December 1937 wontên f 10.553.32. Wiwit Januari dumugi December 1938 wontên f 143.241.87, pêpetangan makatên ing taun 1937 wontên f 135.376.21.

Keermakerschool ing Kêbumèn. Gunggunging lare ingkang sinau wontên Keermakerschool ing Kêbumèn ing taun punika wontên 20, saking nagari pundi-pundi. Pamulangan wau kêpêksa mangsulakên murid, amargi sampun botên wontên panggenan, dipun sêmadosi benjing wulangan enggal ing wulan Agustus ngajêng.

Ingsêr-ingsêran saha inggah-inggahan pangrèhpraja. R. Sumantri ugi nama R. Notosudirjo, wêdana ing Bojonêgoro kabupatèn saha paresidhenan ngriku, dados wêdana ing Kalangbrèt, Kabupatèn Tulungagung, Paresidhenan Kêdiri. R. Untung, ugi nama R. Prawirodiprojo, wêdana ing Kalangbrèt daosdados. wêanawêdana. ing Ngimbang, Kabupatèn Lamongan, Paresidhenan Bojonêgoro. R. Witono Cokrohadiwijoyo, Asistèn-wêdana Paciran, Lamongan, Paresidhenan Bojonêgoro, dados wêdana ing Bojonêgoro.

Ringgit wacucal gagrag enggal. Miturut wartos, ing Surakarta wontên priyantun nganggit ringgit wacucal enggal, wujuding ringgit kadamêl sairib kados wujuding tiyang ing jaman sapunika, ngangge pantalon, têsmakan, ngangge rok tuwin sanès-sanèsipun. Cariyosipun inggih mêndhêt lêlampahan ing jaman sapunika. Bab tabuhanipun sawêg dipun karang.

Botên miyos siniwaka. Wontên wartos, benjing garêbêg Bêsar ngajêng punika, Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya Saha Ingkang Wicaksana botên miyos sinewaka, gêgayutan kalihan dèrèng pulihing sarira dalêm anggèning mêntas gêrah. Dene tumindaking pasowanan tuwin paargyan, têtêp kados adat.

Bank Indonesia ing Sêmarang. Awit saking ada-adanipun Tuwan Drs. A. Sigit, badhe ngadêgakên bank, kanamakakên Bank Indonesia, manggèn ing Sêmarang. Bank punika botên gêgayutan kalihan B.N.I.

Gunggunging bangsa ngamanca ingkang dhatêng ing tanah ngriki. Ing salêbêting taun 1938, cacahipun bangsa ngamanca ingkang dhatêng ing tanah ngriki wontên 6000. Peranganipun: bangsa Tionghoa 3500, bangsa Walandi 2100, Jêpan 65, Arab tuwin sanès-sanèsipun 176. têtiyang samantên wau pinanggih golongan warni-warni, kados ta: accounten, architect, ngenieur, dhoktêr, ahli hukum, ahli kagunan warni-warni.

Pangarsa Raad Kawula badhe kèndêl. Wontên wartos, benjing tanggal 19 AprlApril. ngajêng punika, pangarsa Raad Kawula paduka Mr. W.H. van Helsdingen, badhe kèndêl lanthi hurmat.

[Iklan]

Awisan tumrap kapal pêrang dipun suwak. Wiwit tanggal 9 wulan punika, sawarnining kapal pêrang kenging malêbêt dhatêng Tanjung Priok, amargi sampun botên wontên sêsakit malaria.

Angsal-angsalanipun J.C.J.L. suda. Ing salêbêtipun taun 1938, angsal-angsalanipun J.C.J.L pinanggih suda kathah tinimbang ing taun 1937. Mênggah jalaranipun botên sanès saking wontênipun paprangan Tiongkok-Jêpan, sarwa damêl kandhêging lêbêt wêdaling barêngbarang. dagangan.

Inggah-inggahan ing Jawi Têngah. R. Sunaryo, tijd. wd. Mantri Kabupatèn Brêbês, Paresidhenan Pêkalongan, dados Asistèn Wêdana Paresidhenan Pêkalongan. Kusnuharjito, tijd. wd. Aib. gumadhuh Kabupatèn ing Grobogan, Paresidhenan Sêmarang, dados tijd. wd. Mantri Kabupatèn Kêbumèn, Paresidhenan Kêdu.

Pêpajêngan pêlêm ing Jawi Wetan. Miturut katrangan saking ingkang wajib, pêpajênganipun pêlêm ing Jawi Wetan kala taun kêpêngkêr wontên 50.000 iji langkung. Awit saking rêrigênipun sagêd sumêbar dhatêng pundi-pundi. Ing taun punika kakintên badhe langkung majêng.

Parêpatan para Gupêrnur. Ing Bêtawi mêntas kawontênakên parêpataning para gupêrnur satanah ngriki, dipun pangarsani directeur pangrèhpraja. Wigatosipun prêlu ngawontênakên wêwasanwêwahan. rantaman taun 1940, ugi gêgayutan kalayan sudaning kaartan praja.

H.B.S. ing Ngayogya. Wiwit benjing Augustus ngajêng punika, H.B.S. ing Ngayogya, ingkang sapunika taksih partikêlir, badhe kaliyêrakên ing parentah, amargi babadan wau tansah nandhang pituna. Manawi H.B.S. wau dados kagunganipun parentah tamtu badhe sagêd nyuda bayaran, miturut pranatan nagari. H.B.S. wau sampun gadhah klas satunggal 3, klas kalih 3 tuwin klas tiga 1, muridipun tansah mindhak.

--- 78 ---

Linde Teves Stokvis mèngêti 50 taun. Linde Teves Stokvis mêntas mèngêti adêging panggaotanipun wontên ing tanah ngriki sampun 50 taun. Anggèning damêl paargyan wontên ing Medan.

[Grafik]

Oto Iskandar di Nata

[Grafik]

R. Prawoto Sumodilogo

[Grafik]

M. Sutarjo

[Grafik]

R.P. Suroso

[Grafik]

M.H. Thamrin

[Grafik]

Drs. Hermen Kartowisastro

[Grafik]

R. Sukarjo Wiryopranoto

Pilihan warga Raad Kawula. Pamilihing warga Raad Kawula tumrap golongan tiyang siti ing tanah Jawi sampun kalampahan, kajawi karajan Jawi Surakarta tuwin Ngayogya. Tumrap kring I (Jawi Kilèn) ingkang kapilih: tuwan-tuwan 1 Oto Iskandar di Nata, pangarsa Pasundan (warga lami), 2 R.A.A. Suriakartalêgawa, Bupati Garut (P.P.B.B.) tuwin 3 Muhammad Husni Thamrin, Parindra (warga lami). Dados ingkang enggal namung ingkang Bupati Garut.

Tumrap kring II (Jawi Têngah), ingkang kêpilih: tuwan-tuwan 1 R. Prawoto Sumodilogo. P.P.B.B. patih pènsiun Indramayu (warga lami), 2 Drs. Hermen Kartowisastro, V.A.I.B. (warga lami), R.A.A. Iskandar Tirtokusumo, Bupati Dêmak, P.P.B.B. Dados ingkang enggal ingkang Bupati ing Dêmak.

Tumrap kring III (Jawi Wetan), ingkang kapilih: tuwan-tuwan: 1 R.P. Suroso, pangarsa P.V.P.N., warga Parindra (warga lami), 2 M. Sutarjo, P.P.B.B. (warga lami), 3. R. Sukarjo Wiryopranoto, warga Parindra (warga lami), 4. Mr. Harmani, P.P.B.B. warga College van Gedeputeerden Jawi Wetan. Dados ingkang enggal Mr. Harmani. Ing sisih punika gambar saperanganipun para warga Raad Kawula wau.

Kasangsaran jalaran kasambêr ing gêlap. Ing satunggiling dintên ing dhusun Pengkol, Ngawi, nuju jawah dêrês, gêlapipun angampar-ampar, ingriku nyambêr gubug satêngahing sabin, gubug kêbêsmi dados awu. Ing gubug wau wontên lare 2 nuju tilêm, tiyang sêpuh 3 tilêman, tuwin ing sangandhaping gubug wontên lêmbunipun 7 sami dipun cancang. Lare 2 tuwin lêmbu 7 sami pêjah sanalika, tiyang sêpuh ingkang satunggal sêmaput. Sarêng ing wanci enjing sawêg sagêd suka sumêrêp.

Têtiyang boyongan. Wontên wartos, tumrap Magêtan wontên tiyang 1500 ingkang badhe sami boyongan dhatêng tanah pamboyongan.

Bêbaya ing sêgantên. Ing wêkdal punika palabuhan ing Kupang botên sagêd nampèni momotan, jalaran saking agênging ombak. Ingriku kawontênakên tandha bandera cêmêng. Kapal ingkang labuh ingriku kêpêksa pindhah dhatêng palabuhan ing Tenau, ingkang langkung têntrêm. Mêntas wontên baita K.P.M. 2 ingkang wontên ing Kupang sami kèrêm. Jalaran ingkang kados makatên punika, kathah momotan ingkang botên sagêd kainggahakên ing kapal.

Pabrik aliminiumaluminium. ing Ngayogya. Ing wêkdal punika sawêg wontên rêmbag ngagêngakên pabrik Tisus ing Ngayogya ing bab pabrik aluminium. Miturut wartos, pabrik wau badhe dipun kiyati ing pawitan saking golongan Walandi, Prancis tuwin Jerman, satunggal-satunggalipun apawitan f 200.000,-. Pabrik wau kaangkah sagêda wiwit tumindak wontên wêkasaning taun punika. Mêsin-mêsinipun sawêg mêling dhatêng Jerman.

Ingsêr-ingsêran saha inggah-inggahan guru. Kartomo alias Kartomowijoyo, kêpala-guru vervolgschool ing Wangkal, kapindhah dhatêng vervolgschool ing Bago, sami Kabupatèn Blitar. Sudarsonio alias Notoparojo, kêpala-guru vervolgschool ing Bago, kapindhah dhatêng Wangkal. Kasni alias Prawirosudarmo, guru bantu vervolgschool ing Tlogo, dados wd. kêpala-guru vervolgschool ing Bêndhosèwu, sami Blitar. R.M. Suwoto alias R.M. Harjosunoto, guru vervolgschool ing Nglêgok, dados kêpala guru vervolgschool ing Selorêjo, sami Blitar.

NAGARI WALANDI

Kapal Tromp nyinau lampah. Kapal pêrang Tromp sampun bidhal saking nagari Walandi, nyinau lampah layaran dhatêng lautan têngah, kaangkah benjing tanggal 30 Maart sasampunsampun. wangsul dumugi Den Helder. Sasampunipun wontên nagari Walandi sawatawis wulan, benjing Augustus lajêng dhatêng tanah Indhia mêdal Amerika, badhe kangge maargya dhawahing dintên wiyosan dalêm nata tanggal 31 Augustus. Dene lajêngipun dhatêng tanah Indhia mêdal pundi, nglangkungi Kaap, punapa Panama-kanaal, San Francisco tuwin lautan Pacific, dèrèng nêtêpakên.

Kapal ingkang kêjêpit ès. Ing salêbêtipun mangsa padhidhing punika kathah kapal ingkang manggih bêbaya. Kawartosakên wontên kapal lisah kêcêpit ès. Ing sapunika ingkang sagêd katingal saking pasisir namung kapal Lionide 7 tuwin Shell 6, wontên tiga ingkang sampun botên katingal babarpisan, kakintên manawi kèrêm. Bab punika kasamarakên manawi anjêblug, mila kawontênakên pajagèn.

EROPA.

Inggris nyambuti dhatêng Tsjecho-Slowakie. Wakil Tsjecho-Slowakie sampun dhatêng Inggris, pêrlu rêmbagan bab sambutan enggal, pêrlu kangge andandosi praja. Tsjecho-Slowakie badhe nyambut arta 30.000.000 pondsterling, dene ingkang sampun dipun tampèni ingajêng 10.000.000.

Prajanjian wados Tumrap Jerman kalihan Italie. Wontên wartos sumêbar, bilih kala Sèptèmbêr 1937 Jerman tuwin Italie sampun aprajanji sami rêksa-rinaksa. Pêcahing wartos punika lajêng nuwuhakên panggrayang warni-warni tumraping nagari sanès.

Nitipriksa wadya gêgana. Kawartosakên, ing tanggal 9 wulan punika Mussolini nitih motor mabur dipun lampahakên piyambak, pêrlu nitipriksa wadya gêgana dhatêng papan anggêgana enggal ing Littoria, salajêngipun anggêgana dhatêng Feurbara, badhe nitipriksa motor mabur pambucal bom pasan enggal.

--- 79 ---

Wêwaosan

Anakipun Tarsan

Piridan saking buku karanganipun Edgar Rice Burroughs

45

Palapuranipun mandhor têtiyang cêmêng sawangsulipun saking ngupadosi Korak, adamêl susahipun Mariyam kalangkung-langkung. Awit miturut katêranganipun, sadumuginipun ing padhusunanipun Lopidho,Kopidho. ing ngriku têtela, bilih padhusunan wau suwung babar pisan. Sanadyan tiyangipun dipun sêbar ing sakiwatêngênipun padhusunan ngriku nanging mêksa botên sagêd amanggihakên tiyang satunggil-tunggila. Ngantos sawatawis dangu mandhor satêtiyangipun wau kèndêl wontên ing sacêlakipun padhusunan kasêbut nginggil, prêlu nitik tapak-tapakipun Korak ingkang tansah dipun raosi dening Mariyam, nanging tanpa damêl. Wontên ing ngriku babar pisan botên wontên kêthèkipun, langkung malih kêthèk tiyang. Jalaran saking punika, Mariyam lajêng mêksa-mêksa badhe ngupadosi Korak piyambak, nanging Bwana sagêd angalang-alangi ingkang dados pikajêngipun wau, sarana aprasêtya, bilih ing têmbe, manawi sampun dhawah ing wancinipun, Bwana piyambak ingkang badhe ngupadosi. Dene Mariyam inggih lajêng miturut. Nanging ngantos pintên-pintên wulan dangunipun anggèning Mariyam sabên jam tansah amanah dhatêng pun Korak wau.

Sarêng Mariyam umur-umuranipun sampun jangkêp nêmbêlas taun, saking longgoripun sabên tiyang têmtu ngintên bilih piyambakipun punika sampun umur sangalas taun. Ing kala punika pakulitanipun Mariyam pêthak sêmu jêne, rambutipun cêmêng kandêl angandhan-andhan, kathik badanipun saras sayêktos. Amila katingalipun pancèn endah ing warni, sanadyan wiwit punika piyambakipun botên nate rêraosan kalihan semahipun Bwana nanging sajatosipun ing batos taksih nandhang sungkawa. Jalaran manahipun tansah botên sagêd kasupèn dhatêng pun Korak.

Danguning-dangu Mariyam sagêd wicantênan basa Inggris kanthi tètèh tuwin rikat. Botên ngêmungakên sagêd wicantênan kemawon, ugi sagêd maos sarta nyêrat kanthi lêrês. Ing satunggiling dintên semahipun, Bwana, adamêl gêgujêngan, ujug-ujug wicantên kalihan Mariyam sarana migunakakên basa Pêrancis. Gumuning semahipun Bwana wau kalangkung-langkung, sarêng Mariyam ujug-ujug ugi amangsuli mawi basa Pêrancis, sanadyan wêdaling têmbungipun kalayan alot kadosdene lare alit ingkang wicantênan punika. Nanging têmbung-têmbung ingkang dipun lairakên wau lêrês tanpa gèsèh ucap-ucapanipun. Wiwit punika semahipun Bwana sabên dintênipun lajêng tansah wicantênan mawi basa Pêrancis kalihan pun Mariyam. Lan piyambakipun sakalangkung gumun, dene sinaunipun Mariyam dhatêng basa Pêrancis wau katingal sêmu gampil sangêt, ngantos adamêl cingaking sabên tiyang ingkang mirêngakên. Kala wiwitanipun Mariyam dipun ajak wicantênan mawi basa Pêrancis wau, ulatipun katingal dados tandhaning angèngêt-èngêt dhatêng kawontênan utawi lêlampahan ingkang sampun dangu botên dipun alami malih. Nanging salajêngipun, botên ngêmungakên adamêl gumuning manahipun semahipun Bwana, dalasan piyambakipun piyambak ugi gumun, dene Mariyam wau migunakakên têmbung-têmbung Pêrancis ingkang dèrèng nate dipun cariyosakên dening gurunipun, inggih semahipun Bwana wau. Langkung malih ingkang damêl gumuning manahipun wanita Inggris, dene anggènipun Mariyam ngêcapakên têmbung-têmbung Pêrancis punika, langkung sae lan langkung tètès katimbang piyambakipun piyambak. Nanging sanadyan Mariyam punika sagêd wicantênan mawi basa Pêrancis kanthi sae, nyêrat sarta maos botên sagêd. Dene mênggahing semahipun Bwana, ing sarèhning basa Inggris kamanah langkung migunani tumrap Mariyam, amila Mariyam kêdah dipun wulang basa Inggris rumiyin ingkang ngantos sampurna, sasampunipun lajêng sawêg kawulang ing basa sanèsipun.

Ing satunggiling dintên semahipun Bwana kêpengin sangêt nyumêrêpi sabab-sababipun dene Mariyam ing sêmu gampil sangêt anyinau basa Pêrancis, amila piyambakipun lajêng apitakèn dhatêng Mariyam makatên: Ora, Mariyam, nalikane kowe dhèk biyèn isih dêdunung ana ing desane bapakmu, ing kono mêsthine kowe kêrêp omong-omongan nganggo basa Pêrancis.

Mariyam namung gèdhèg-gèdhèg, sarta wicantên makatên: Bisa uga yèn mêngkono. Nanging saelingku, kaya-kaya salawase durung tau ana wong Pêrancis sing têka ana ing omahe bapakku. Awit bapakku kuwi mau sêngit bangêt nyang sakabèhe wong Pêrancis, mulane iya êmoh bangêt candhuk lawung. Dene aku dhewe cêtha,

--- 80 ---

salawase aku dêdunung ana ing desa kene bapakku mau durung tau krungu têmbung-têmbung sing kaya ngono kuwi. Ewasamono têmbung-têmbung kiyi kabèh biyèn-biyène kaya-kaya aku wis tau krungu, nanging kapan utawa ana ing ngêndi aku ora eling babar pisan. Mulane ing bab iki aku ora ngrêti sathithik-thithika.

Semahipun Bwana lajêng amangsuli: Sêmono uga aku, iya ora ngrêti babar pisan.

Dumadakan ing wêkdal punika wontên playangan dhatêng ing ngriku ambêgta sêrat tumuju dhatêng Bwana. Sarêng Mariyam sumêrêp isining sêrat wau, piyambakipun rumaos gugup sarta bingung manahipun. Awit mênggah isining sêrat punika anyariyosakên bilih ing ngriku badhe kadhatêngan tamu bôngsa Inggris sawatawis. Ing môngka tamu-tamu wau, jalêr lan èstri, badhe watawis dangu wontên ing ngriku. Ingkang adamêl gugup lan bingunging manahipun Mariyam wau, jalaran salaminipun dèrèng nate sêsrawungan kalihan tiyang bôngsa kulit pêthak susila sanèsipun kajawi Bwana sasemahipun. Ing samangke têka badhe kêmpal tunggil sagriya kalihan têtiyang bôngsa Inggris sawatawis. Sanadyan ing batos Mariyam tansah kuwatos bilih patrapipun anggèning kêkêmpalan kalihan para tamu wau dèrèng kados samêsthinipun. Ewasamantên sangêt-sangêt pangajêng-ajêngipun supados para tamu wau tumuntêna enggal-enggal dhatêng, mênggah gagasanipun Mariyam: mênggahing têtamu ingkang badhe dhatêng punika, wêwatêkanipun punapa inggih sami sae kadosdene Bwana sasemahipun, punapa kados bôngsa kulit pêthak sanèsipun, inggih punika, ambêg siya sarta sami asor bêbudènipun. Miturut cariyosing semahipun Bwana, para tamu punika sadaya sami tiyang sae-sae, ingkang wajib ingaji-aji saèstu.

Ing kala punika semahipun Bwana gumun sangêt, dene Mariyam katingal nyêbal saking padatanipun lare ingkang kala alitipun botên angsal tuntunan kados punapa mêsthinipun. Limrahipun lare ingkang makatên punika clingus, manawi pinanggih tiyang mônca inggih lajêng andhêlik, lan sasaminipun, botên makatên mênggahing Mariyam, ing sêmu malah katingal bingah dene badhe katamuan wau, saha sajak ngajêng-ajêng sangêt supados para tamu tumuntên enggala dhatêng.

Botên watawis dangu para tamu wau lajêng sami dhatêng. Sadaya wontên tiyang gangsal, ingkang kalih sêjodho-sêjodho, ingkang satunggal taksih jaka. Dene ingkang jaka mau nama: Bènês, satunggiling tiyang neneman hartawan agêng, ingkang sêmu sampun katog anggènipun nguja kasênênganipun wontên ing kitha-kitha ngantos rumaos bosên, lan ing samangke lajêng mrêlokakên dhatêng ing papan ngriku, bokmanawi sagêd amanggih kasênêngan enggal.

Tangkêpipun tiyang anèm wau dhatêng tiyang sanès, salaminipun andhap asor. Saya langkung adhap asor manawi lajêng kêdah sêsrawungan kalihan tiyang ingkang dipun anggêp langkung asor darajatipun katimbang piyambakipun piyambak. Dene mênggahing wujudipun, kenging dipun wastani: dhegus, gêdhe bagus. Mila inggih nyata: Dêdêg piadêgipun tiyang anèm wau pancèn agêng inggil kathik gagah prakosa, dene warninipun pancèn inggih bagus sayêktos. Jalaran saking tandang-tandukipun ingkang andhap-asor sarta andêmênakakên wau, pantês saupami lajêng dipun rêmêni ing tiyang ingkang sampun nate sêsrawungan kalihan piyambakipun wau. Makatên mênggah gêgambaranipun Bènês sadangunipun wontên ing nagari-nagari ingkang sampun susila. Kadospundi kawontênanipun tiyang wau ing talatah tanah Aprikah, ing ngriki taksih dados pitakenan.

Ing sakawit Mariyam katingal rikuh sarta tandang tandukipun ngatos-atos sangêt manawi wontên ing sangajêngipun para tamu wau. Mênggah panggihipun Bwana tuwin semahipun, kados langkung sae manawi para tamu botên dipun cariyosi dêdongengangipun Mariyam wau, kados sampun cêkap kacariyosakên, bilih Mariyam punika anakipun pek-pekan. Sakêdhap kemawon para tamu, ing sêmu lajêng sampun sami katingal sênêng dhatêng Mariyam, awit Mariyam punika pancèn inggih andhap-asor, andêmênakakên, kawêwahan watakipun balaka suta. Kajawi punika Mariyam mangrêtos sangêt dhatêng kawontênanipun ing wana sakiwatêngênipun ngriku, amila kêrêp sangêt lajêng kapurih ngêtêr-êtêrakên para tamu kasêbut nginggil.

Mênggah sanyatanipun, sadangunipun Mariyam dêdunung wontên ing padhepokanipun Bwana wau kêrêp sangêt Mariyam numpak kapal mubêng-mubêng ing wana sakiwatêngênipun papan ngriku. Amila piyambakipun inggih sumêrêp panggenan têtanêman ingkang sae-sae, malah ugi sumêrêp papan ingkang asring sok kangge sêsaba bangsaning maesa wana.

Piyambakipun ugi sumêrêp ing pundi garumbulan-garumbulan ingkang dados papan pandhêlikanipun singa barong, lan ing pundi lèpèn ingkang asring kangge papan pangombènipun sato galak ing wana ngriku. Kanthi titis sangêt Mariyam sagêd amastani kewan punapa, lan sapintên agêng tuwin aliting kewan ingkang andhêlik wontên ing satunggiling guwa utawi grumbulan. Nanging ingkang adamêl gumuning manahipun para tamu sadaya wau, ingkang tanpa upami, dene Mariyam sanalika punika lajêng sagêd sumêrêp sarta sagêd mastani kanthi titis, manawi ing sacakêtipun ngriku ujug-ujug wontên sato galak. Badhe kasambêtan.

____________________

Isinipun: Sêngsêming Warga Karajan - Wiraosan Sêrat - Candraning Dalu - Kadhaton - Andhasari Wataking Lare - Sêla, Bayalali - Mr. Dr. R.Ng. Subrata Dados Burgêmistêr - Ekonomi Tanah Piyambak - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.

--- 9 ---

Nomêr 3, 17 Januari 1939, taun IV.

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta: Rr. Siti Mariyam, kawêdalakên sabên Slasa.

Wulang kuna

[Dhandhanggula]

Sarkara mrih atul nganggit-anggit / anggêgulang kuwanèning manah / barang têmbang karya sambèn / têmbung dèn êjum-êjum / jinèrèng mrih mathuk kang dhong-dhing / dhonge nora kulina / mung kadêrêng purun / lumaku rinungu liyan / nora layak pinirêng para winasis / anjuwarèhi driya //

[Grafik]

Biyang Marta Sleman

botên ngarang amba botên nganggit / amung lugu ngôndha wulang kuna / kang kêrêp tinandukake / katampèn anak putu / patrapira rumêksèng dhiri / lakune palakrama / mrih nêmu rahayu / ayom ayêm rêrayatan / jêr wis kodrat kula pra wanita sami / winêngku para priya //

para laki ingkang luwih wajib / amarentah suka karampungan / apa kang linakon kabèh / sadaya kang rinêmbug / lamun laki tan condhong kapti / yêkti jugar tan dadya / pra wanita amung / sung lar-ular pamrayoga / karampungan kang kinira dhawah sisip / nanging tan wênang mêksa //

wus mangkana drajating pawèstri / nadyan limpad jara langit pisan / tan winênang ngasta gandhèn / anggêdhog meja mutus / sayêktine gumantung laki / mula gawat kalintang / wong tinitah kakung / yèn kèh putusan kang blasar / bisa gawe wisuna mring anak rabi / kang tan rumasa dosa //

mula dahat ing panuwun mami / dhuh pra priya kang ngasta pusara / ngakrama môngka jêjêre / ratu pêpindhanipun / budidaya arjaning nagri / ayêm têntrêming rakyat / sayuk guyub rukun / nora tilar kaadilan / èstrinira minôngka sang muka mantri / mangrèh praja mrih tata //

amba para wanita sayêkti / rèh suwita panjênêngan nata / mangangkah mamrih kanggêpe / sumungkêm siyang dalu / mamrih rêna tumraping gusti / kasok sihirèng nata / palimirmanipun / gung lumintu salaminya / pêparinge prasasat ambanyu mili / mangkana sanepanya // Badhe kasambêtan.

Biyang Marta Sleman.

--- 10 ---

Susilarêtna ing Rêmbang

Nuwun, para maos kados sampun uninga bab wontênipun pakêmpalan golongan ibu ing Rêmbang, nama Susilarêtna. Awit sampun nate kula lêbêtakên ing madyaning Kajawèn ngriki.

[Grafik]

Dèrèng dangu, inggih punika nalika tanggal kaping 17 Dhesèmbêr, dintên Sabtu malêm Minggu, wiwit jam 9 dalu, Susilarêtna ngwontênakên pêpanggihan, manggèn ing dalêmipun Radèn Sutama, asistèn wadana ing kitha Rêmbang, sarana ngulêmi garwanipun warga, pakêmpalan-pakêmpalan, saha para priyantun sajawining warga. Prêlu mèngêti adêgipun Susilarêtna wau sampun 8 taun laminipun tanpa alangan satunggal punapa.

Mênggah ubarampenipun pêpanggihan punika:

1. Pangrèh lan panitraning Susilarêtna sêsorah bab ancasipun pakêmpalan wau, saha andongèngakên mulabukanipun ing Rêmbang wontên pakêmpalan golongan ibu.

2. Dhaharan kanthi mriksani ringgit tiyang alit, nama: Pamardisunu, pakêmpalanipun para murid ing Rêmbang, ingkang dipun tuntun dening Mas Sukarya, mantri guru ing kitha Rêmbang.

Tamunipun nalika samantên kirang langkung wontên 150. Jam 12 pêpanggihan wau katutup kanthi wilujêng.

Kathahing warga Susilarêtna wêkdal punika wontên 70. Kados kacêtha ing gambar ing nginggil punika. Mênggah pangrèhipun:

1. Pangarsa: Rara Sumini

2. Mudha Pangarsa: Wara Kartadikusuma

3. Panitra: Wara Sri Wiryasupadma

4. Artaka 1. R.A. Patih Suwarta, artaka 2. Rara Umi Salamah

5. Panitya: 1. Wara Marsigit, 2. Wara Ismu, 3. Wara Dwija Sudarma, 4. Wara Sukarya.

Wasana mugi-mugi pakêmpalan Susilarêtna wau sagêda widada saha subur salami-laminipun.

Êmbok Sri Wirya.

--- 11 ---

Bab-bab Wajib-wajibipun Tiyang Sêpuh dhatêng Lare

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 4

Sawênèhipun guru kêrêp anyumêrêpi wêdharing dêrêngipun murid, ingkang sanyatanipun angsalipun saking piyambakipun piyambak, amargi gagasanipun guru ingkang kirang sukci, punika tumanduk angengingi badan pangraos tuwin pikiranipun murid ing sakiwatêngênipun, mila inggih kêdah ngatos-atos sangêt. Kajawi makatên dayaning cipta awon wau, ingkang ngengingi angên-angênipun sadaya murid, punika wontên ngriku saya wêwah rosanipun, lajêng kalembarakên ing sanès, makatên tumimbal-tumimbal salajêngipun, ngantos dados watak utawi pakulinanipun pamulangan ngriku. Upami para guru punika sami karsa anggalih tuntunan ngangge cara kados ingkang kaandharakên punika, bokmanawi botên badhe nguciwani sadaya pandamêl, wêwaton kang botên sae ingkang kulina dipun angge ing pamulangan ingkang agêng-agêng, punika botên badhe kalajêng-lajêng.

Jalaran guru ingkang gadhah wêwatêkan angrèh hawa nêpsu, alus budi pakêrtinipun, punika anumusi dhatêng sadaya murid-muridipun. Guru punika kêdah gadhah watak sih sarta wêlas saha sagêd mêndhêt manahipun lare, sarana ngatingalakên bilih piyambakipun punika kenging pinitados. Para ibu ingkang dados pamomong, inggih kêdah makatên. Inggih lêrês anggulawênthah mawi cara dipun ajrih-ajrihi punika ugi sagêd kalaksanan, ananging manut miturutipun namung saking ajrih, punika samôngsa ingkang ngajrih-ajrihi wau botên wontên, inggih lajêng dipun têrak prentahipun, beda manawi manut miturut jalaran saking raos bêkti sarta asih, purunipun punika awit saking sampun dados kajêngipun, botên saking pamêksa.

Guru ingkang tansah ngatingalakên sihipun dhatêng murid, muridipun têmtu animbangi, sadaya pitêdahipun tamtu dipun turut, awit ciptaning manahipun, manawi prentahipun wau botên dipun gêga, badhe adamêl susahipun satunggiling tiyang ingkang dipun trêsnani. Raos ingkang kados makatên punika têmtu langkung saking ajrih wau. Wontên utawi botên wontên ingkang marentah, mêsthi dipun lampahi kalayan suka lêgawaning manah. Dados sêdyaning panggulawênthah punika, kalampahan kalihan gampil tur sakeca, botên tumraping guru kemawon, pun murid inggih makatên ugi, ingkang kagugah sarta dipun santosakakên wijining kasaenanipun lare, sanès ingkang perangan awon.

Para guru tuwin pamomong punika prêlu kêdah ngudi murih lare-lare sagêd mangrêtos bilih piyambakipun punika gadhah watak lêgawa tuwin trêsna. Watak pambêgan kasar kêdah sirna, sarta sadaya ingkang dipun prentahakên, punika kêdah jangkêp sarta cêtha. Mila manawi prentah punapa-punapa dhatêng lare, kêdah dipun pitakèni, sampun mangrêtos punapa dèrèng, murih sampun ngantos kalèntu anggènipun nindakakên. Wontên sambêtipun.

Rara Sri Palupi. [Palupi...]

--- 12 ---

[....]

Sinjang Tembokan

Tiyang nyêrat sinjang punika manawi sampun dumugi nembok, kenging dipun wastani sampun mèh rampung. Kajêngipun rampung ing ngriki, sampun pajêng dipun sade, nama sade tembokan.

[Grafik]

Pinanggihipun wontên ing nagari panggenan padagangan sinjang, upaminipun: Surakarta, Ngayogyakarta tuwin Pakalongan, wontên sudagar ingkang damêlipun numbasi sêratan tembokan. Manawi tumrap tiyang nyêrat badhe dipun angge piyambak, sêratan ingkang sampun dados tembokan punika pinanggih luwêsan, manawi lumuh kangelan, sagêd lajêng masrahakên dhatêng juru ambabar sinjang, kantun nyumêrêpi sampun dados sinjang, nama nyêmplung tembokan. Limrahipun tindak nyêmplung tembokan punika pinanggihing panyêrat sinjang ingkang têbih saking nagari panggenan ambabar sinjang, sagêd anggampilakên lampah, dene tumrap ingkang tunggil nagari, luwêsanipun pinanggih anggampilakên pados arta, inggih punika nalika mêdêlakên, sagêd nyambutakên arta, nalika nyogakakên ugi makatên.

Ing mangke badhe nyariyosakên bab nembok, ing Kajawèn Jagading Wanita kapêngkêr, sampun anyariyosakên ing bab nyêrat dumugining rampung ngisèn-isèni. Mênggah rancaganipun, sêratan wau lajêng dipun têrusi, wusana dipun tembok, dene prênahipun ingkang dipun tembok, sagêd mriksani kados ingkang kacêtha ing gambar punika.

Sarampunging nembok, punika kêdah dipun titi ingkang ngantos anjalimêt, sampun ngantos wontên ingkang kalangkungan, punapa isèn-isèn, punapa tembokanipun. Amargi sinjang ingkang kalangkungan isèn-isèn utawi tembokanipun, ing mangke dadosing sinjang badhe katingal cêtha, saupami ingkang kalangkungan wau dhawah ing bokong, kajawi cêtha, inggih nama saru.

SasampuninSasampunipun. rampung yêktos, kêdah dipun lèlèh rumiyin, inggih punika sinjang dipun gêlar wontên ing bênteran, ngangkah lilinipun lèlèh, prêlunipun, sarèhning nyêrat punika sok ngantos dangu, tumrap lilin ingkang sampun tumemplok ing montên, asring kêndho, mila sarêng lèlèh lajêng kêncêng malih. Nglèlèh punika kêdah ngatos-atos, botên kenging kasèp, tuwin manawi anggèning nyêrat botên dangu, inggih botên prêlu dipun lèlèh. Wusana lajêng dipun wêdêlakên.

--- 0 ---

[Grafik]

--- 0 ---

[Iklan]

--- 0 ---

Kajawèn

No 9, 31 Januari 1939

Bale Pustaka, Bêtawi Sèntrêm

--- 0 ---

[Iklan]

--- 129 ---

Ôngka 9, Sla Lê, 10 Bêsar, Jimawal 1869, 31 Januari 1939, Taun XIV.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Slasa lan Jumuwah

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Bale Pustaka, ing sawingkingipun kantor palis tilpun nomêr 1744 Bêtawi Sêntrèm.

[Grafik]

Pramèswari nata Mêsir (gambar kiwa) ing sasampunipun kagungan putra.

--- 130 ---

Sêla Bayalali

Sambêtipun Kajawèn nomêr 7

Tuk Babon, toya ingkang kangge kabêtahan gêsang, awis namung sagêd mêndhêt saking tuk Babon sarta tuk Pakis, môngka wêdaling toya botên agêng. Tuk Babon punika saking Sêla têbihipun watawis 3 km. Ilining toya dipun damêlakên kalenan alit, mubang-mubêng nêkak-nêkuk urut pèrènging rêdi. Toyanipun bêning, ananging dumuginipun ing Sêla sampun kirang rêsik, awit ilèn-ilènipun ngêblak, gampil kengingipun rêrêgêd warni-warni. Jalaran saking rêgêding toya bokmanawi lajêng kathah tiyang ingkang gadhah sêsakit padharan. Bab rêsiking toya punika sampun nate dipun priksa ing ahli kasarasan, pinanggihipun kirang prayogi. Amila lajêng wontên panggalihanipun praja Surakarta, ilèn-ilèn wau badhe dipun damêlakên urung-urung kanthi rancangan waragad f 10.000.- yèn sêdya punika kalaksanan, botên namung murugakên kasarasaning kawula kemawon, pangintêning akathah badhe anjalari rêjanipun papan, amargi masthi kathah bôngsa mônca ingkang sami dêdunung wontên ing ngriku.

Sabên ing wulan Sapar, para kawula sami damêl wilujêngan wontên ing tuk Babon prêlunipun nyuwun dhatêng ingkang ambaurêksa, supados wêdaling toya ingkang dados bakuning panggêsangan punika lêstantun ilinipun. Wilujênganipun punika agêng-agêngan, mawi mragad menda, ulamipun kangge nêdha eca, êndhasipun kasêsêlakên ing tukipun. Wilujêngan punika dumuginipun sapriki prasasat dados tatacaranipun têtiyang ing ngriku, nglêluri lêluhuripun.

Pak Sarip, saking Sêla dhatêng pucakipun Marbabu punika taksih têbih, lampahan 5-6 jam, marginipun dèrèng sae, nlusup ing garumbulan. Yèn minggahipun dipun sangkani saking Kopèng marginipun sampun sae, sagêd numpak kapal, wiwit saking Sêla nglangkungi pucak: Gancik, Blumbang, Pênthur, Ngrêbèhèn, Jêmbêlung, Ragadalêm, Kukusan, Kênthongsanga, Gunungapit. Pucakipun rêdi Marbabu punika saking lumahing sagantên inggilipun 1345 m. kathah tiyang ingkang sami minggah.

Ing pucaking Gunungapit wontên griya pasipêngan gadhahanipun Walandi ing Kopèng, sarta ing ngriku wontên griyanipun malih alit, dipun ênggèni tiyang nama Pak Sarip.

Dêdongenganipun Pak Sarip punika asli saking bawah Magêlang, rumiyin piyambakipun punika tiyang ingkang kasrakat, rumaos manggih dosa gêsangipun, têmahan lajêng anglès saking papan padununganipun namung piyambakan, manggèn wontên ing pucaking rêdi Mêrapi. Kabêkta botên kraos, lajêng pindhah mangalèr dhatêng pucakipun Marbabu. Wontên ing ngriku, ingkang sakawit badhe misah saking sêsrawunganing sanak sadhèrèk, nilar papan padununganipun, badhe pados margining pêjah. Wusananipun dumugi ing sapunika, watawis sampun 25-30 taun dangunipun, malah tinêngga ing karaharjan, wilujêng botên wontên satunggal punapa. Gêsangipun ingkang mêncil wontên pucaking rêdi prasasat dados [da...]

--- 131 ---

[...dos] satunggal kalihan jiwanipun Marbabu, dayanipun sagêd anarik para andon wisata, ingkang dados tamunipun.

Pak Sarip punika sakawitipun badan sapata, sawêg sawatawis taun punika semah, ing sapunikanipun sampun gadhah anak satunggal umur 1 1/2 taun. Watêkipun gêtapan, tangkêpipun dhatêng tamu pradhah, bilih wontên tiyang dhatêng lajêng bikut anggènipun anggodhogakên wedang. Griyanipun alit, payonipun wêlit ingkang kadamêl sukêt, rintên dalu totor latu, amargi hawa ing ngriku asrêp. Mila griyanipun sadaya cêmêng kados dipun tir, saking langêsing latu totor. Ingkang dados panggêsanganipun saking pawêdaling parêdèn, nanging botên sapintêna, ingkang lumayan saking darmanipun para andon wisata ingkang kasêbut ing nginggil.

Saking panggenanipun Pak Sarip, sawanganipun bablas sangêt, sagêd sumêrêp kitha Salatiga, Sêmarang, Magêlang, Surakarta. Kaelokanipun Pangeran, dene ing pundi-pundi kêbak kaendahaning alam ingkang nêngsêmakên. Yèn pinuju wontên ampak-ampak ingkang nglimputi, istingarah kados wontên ing sanginggiling mega malang.

R. Sasrasumarta

Kasangsaran ing Tosari.

[Grafik]

Jugrugan siti tanah parêdèn Tosari sacêlakipun Malang ingkang anjalari kasangsaraning têtiyang ing ngriku. Saha Kawartosakên wontên ingkang nêmahi tiwas.

--- 132 ---

Raos Jawi

Kôndha Prasaja

Sambêtipun Kajawèn nomêr 7

[Asmaradana]

karya pemut aywa lali / yèn kataman ing sêngkala / pakewuh myang rêribêde / pêlêngên ing sanalika / yèn iku pinangkanya / kang Ma Kwasa kang sung pandum / prêlu ngobah-osikira //

wusana banjur mangrêti / kaananirèng manuswa / tinitah ing alam kene / jatine jroning buwangan / datan kêna ngêjibna / utawa sumendhe makluk / kang lugune padha titah //

paedah wong dèn wancahi / apa manèh tan katrima / dèn anggêp luput tindake / môngka ta sanyatanira / bênêr bêcik sêdyanya / wit yèn klakon ngono iku / andhap asor pikolèhnya //

awit samôngsa wong urip / sinirik mring kancanira / utawa jinothak ijèn / jroning driya ciptanira / nêgês karsaning Suksma / kang nêksèni pakaryanku / iku kang luwih prayoga //

yèn wong kang wus niyat bêcik / môngka kêna ing rêncana / tur tuwuh ala pikire / nuli trang pangrêtinira / yèn prêlu tuk sarana / pitulunganing Hyang Agung / kang môngka langkung piguna //

banjur sinaua nangis / prihatin lan andêdonga / wit nêmu pakewuh tyase / banjur bosên mring uripnya / ana ing alam donya / ngarêp-arêp enggal lampus / suksma oncat saking raga //

nuli têrang kang pangrêti / lamun anèng alam donya / têntrêm rahayu jatine / kabèh mung gambaranira / tan ana ingkang lana / gambaraning swarga agung / kang langgêng salama-lama //

tan ngrêsula lamun sakit / datan gêtun yèn kelangan / kêna ribêt ayêm tyase / lôngka-lôngka kang kapanggya / bisa kaya mangkana / siji satus durung tamtu / iya kanthining Hyang Suksma //

[Kinanthi]

yèn mangkono pan wus tamtu / dhamang pigunaning sêdhih / amung kinarya sarana / emut mring kang karya urip / amrih ngluhurkên salama / lumuh mring pakaryan sisip //

samêngko seje rinêmbug / sèkènging janma pinikir / nging umbag nyangkêlit liwat / padha nora ngrumasani / môngka ta piguna apa / muhung anyênyongah dhiri //

nadyan putusa ing kawruh / tan prayoga yèn baribin / nuduhkên kabisanira / pamrihe mung dèn gumuni / tan mangrêti yèn sapala / yèn tan wanuh Hyang Ma Sukci //

lir picak bêbasanipun / nyangking obor wayah bêngi / amadhangi rowangira / dhirinya tan uning margi / wêkasan kêsasar-sasar / suwung ênêring pangèsthi //

lwih prayoga janma dhusun / kang bodho lan tanpa ngrêti / nging ngênggoni kautaman / têtêp mantêp sêtya ngabdi / suwita ngarsaning Pangran / kasuwargan kang dèn èsthi //

tinimbang pujôngga agung / kang kumlungkung ambêg wasis / milaur marsudi basa / ngudi ilmu ingkang inggil / petang lawan palintangan / nanging datan eling akir //

tan rumasa lamun besuk / kawruhnya tan migunani / bakal sowan pangadilan / nilar barang kita sami / kapintêran tanpa guna / tindaknya kang dèn aosi //

--- 133 ---

[Grafik]

ywa bangêt gènnya kêpencut / kadêrêng nuruti kapti / gayuh marang kapintêran / ngudi kawruh inggil-inggil / sabab iku kêrêp karya / kêmeron lan cuwa ati //

sing sapa wus duwe kawruh / iku ta tamtu kapengin / ngatonkên mring liyan janma / lan sênêng sinêbut wasis / môngka kadhang kawruhira / ing sukma tan mikantuki //

luwih bodho luwih blilu / kang kelut marsudi ngèlmi / kaliwat pangudinira / rina wêngi linalantih / môngka tan pedah mring suksma / barpisan tan mikantuki //

sêsurupan saya dhuwur / saya têrang kang pangrêti / besuk yèn wus titimôngsa / lamun uwus dèn adili / lwih rêkasa tanggungannya / jalarannya wit mangrêti //

datan timbang pintêripun / lan kotaman yèn tinandhing / tôndha tanpa amrêlokna / migunakkên ingkang pikir / muhung mardi misuwurnya / môngka datan mikantuki //

ywa gumêdhe lan kumlungkung / wit saking gèn kita bangkit / luwung malah nguwatirna / kabisan kang kita tampi / awit bakal kinêncêngan / pangadilan kang pinanci //

yèn kita rumasa putus / marang kawruh amunjuli / elinga lamun kawula / luwih kèh kang dèn liwati / prakara mawarna-warna / ingkang dèrèng sun surupi //

lamun kita nêdya wêruh / gêgulang kang migunani / aywa dhêmên yèn kapetang / apa manèh dèn ajèni / ngrêtia kaananira / ngungkurkên dhiri pribadi //

[Pangkur]

kawruh kang luhur utawa / budi ingkang sampurna dèn arani / nora pisan-pisan ngetung / marang dhiri priyôngga / nanging langkung ngaosi ing luhuripun / ing sasamanirèng jana / iku wicaksana jati //

nadyan kita sumurupa / liyan janma kang nuju lampah sisip / aywa nganti ing panêmu / kita angaranana / lamun kita langkung bêcik langkung alus / ngungkulana janma ika / wit kita tan wruh ing dhiri //

luwih bêcik yèn manusa / ngakonana lamun sèkèng lan ringkih / ananging ywa nganggêp lamun / marang ing liyanira / angarani lamun sèkèngira langkung / ngungkuli priyangganira / yèn mangkono tan mênêri //

ingkang nyêrat tan rumasa / lamun sampun umuk ngunggulkên dhiri / kumêndêl asung pitutur / tur môngsa nglakonana / sanyatane pan nêdya mung dadi bakul / candhak kulak didol kontan / bêtahe mung dèn tukoni //

kandhane ora gorohan / anggêr ana piwulang dèn bundhêli / linêbokkên ing pos mak plung / plêng wis banjur ilangKurang satu suku kata: mak plêng wis banjur ilang. '/ lamun têmbe panulis angsal pitutur / tumuli sun wratakêna / mêdal Kajawèn puniki //

têlas kang ponang kidungan / tinêngêran ing tingalannya Nabi / Isa tanggal ping salangkung / Dhesèmbêr wulanira / 1938 aksaraning taunipun / aturnya ingkang mangripta / nyuwun aksamanta sami //

A. Neoglap

K. 3174

--- 134 ---

Bab Kasarasan

Bab Panjaginipun Kasarasaning Badanipun Tiyang Èstri

Sajatosipun ing tiyang jalêr utawi ing tiyang èstri punika, kawontenan utawi lampah-lampahipun pirantos ing salêbeting badanipun, sami kemawon, namung ing tiyang èstri punika kasêbut ing têmbung Walandi namanipun zwak geslacht ingkang Jawinipun èstri punika kadunungan ringkih. Têmbung zwak utawi ringkih wau tumrap èstri botên kok sabên tiyang èstri mêsthi ringkih. Tiyang jalêr mêsthi langkung rosa utawi kiyat, punika botên makatên, namung racan-racakipunracak-racakipun. kemawon badanipun tiyang èstri yèn dipun tandhing kalihan badanipun tiyang jalêr, ingkang kathah pancèn tiyang èstri punika kakiyatanipun kawon tinimbang tiyang jalêr, awit nyatanipun balung-balunganipun tiyang èstri punika sami alit-alit, kulit daging lan otot-ototipun alus, mila cêpênganipun alus utawi êmpuk, yèn ing tiyang jalêr balung-balunganipun agêng, kulit daging utawi otot-ototipun agal (kasar) cêpênganipun atos utawi kêkêr.

Upami tiyang jalêr lan tiyang èstri umur utawi dêdêgipun sami dipun jèjèr dipun tandhing, katingal wujudipun beda, tiyang jalêr katawis kiyat utawi rosa, tiyang èstri ringkih kirang santosa, kajawi manawi tiyang èstri wau sampun kulina ulah raga, sagêd ugi tiyang èstri wau katingal kiyat tinimbang tiyang jalêr ingkang botên ulah raga.

Ingkang punika, sarèhning tiyang èstri punika pancèn inggih ringkih (teer) tinimbang tiyang jalêr, anggènipun anjagi kasarasaning badanipun inggih kêdah langkung sangêt tinimbang tiyang jalêr.

Ôngka satunggal tiyang èstri ingkang sampun diwasa ngancik umur 12-16 taun ingkang limrahipun sabên wulanipun anggarapsari, menstruatie namanipun. Tiyang èstri ingkang anggarapsari, sabên wulan wau wêdalipun êrah saking pranakan (baarmoeder) mêdal ing awisan dhatêng jawi punika gandhèng kalihan lampah-lampahipun perangan ing salêbêting badanipun.

Môngsa utawi wêkdalipun anggarapsari wau tumrap tiyang èstri ingkang kasêbut ing nginggil sabên wulan wiwit umur 12-16 taun lan mangsanipun sagêd kèndêl botên anggarapsari malih, yèn tiyang èstri wau sampun umur 45- 55 taun.

Wêdalipun anggarapsari ingkang kapisan punika nandhakakên yèn èstri wau sampun diwasa (geslachtrijp), têgesipun perangan ing saranduning badanipun lare èstri sampun cêkap sêpuhipun, manawi kangge nampi wiji nagkarakên putra. Tiyang èstri ingkang sampun kèndêl anggènipun anggarapsari, jalaran sampun umur 45- 55 taun punika nandhakakên sampun lôngka sangêt sagêdipun nangkarakên putra.

Thukulipun anggarapsari punika sêsarêngan kalihan modod utawi agêngipun pranakan (baarmoeder), sêsêpan ing jaja kiwa têngên sami

--- 135 ---

mrongkol katingal kadosdene bathok mêngkurêp mawi pênthil têngah-têngahipun, ing sajawining awisan, wontên titikipun ingkang ewah saking padatan.

Sakawit wêdalipun anggarapsari botên mesthi sagêd têtêp dintên tanggalipun, trêkadhang botên mêdal jalaran saking susah andadak, kagèt sangêt, kraos sakit sangêt, kêtatap, dhawah, kêtaton lan sapanunggilanipun ingkang dadakan dhatêngipun, yèn badan pinuju kringêtên, suku lan tangan karaos asrêp.

Manawi tiyang èstri anggarapsari ing mangsanipun mêdal lajêng kèndêl, èstri wau trêkadhang lajêng sakit, sirah ngêlu utawi mumêt, padharan sêbah badan gumêtêr, botên sagêd tilêm sakeca utawi sanèsipun.

Èstri ingkang diwasa anggarapsari punika nandhakakên yèn eierstok ipun kêkalih ingkang wontên kiwa têngênipun baarmoeder sampun ngêdalakên tigan (ei), wiji tigan wau mêdal saking eierstok anjog lan tumèmplèk ing nglêbet baarmoeder. Samôngsa wiji tigan ing baarmoeder wau kêpêthuk wiji jalêr (zaad) yèn punika lajêng sagêd gathuk kêmpal namanipun bevruchten, sagêd dados gatra, anggènipun anggarapsari lajêng kèndêl, têgêsipun êrah anggarapsari ing wulan ingkang badhe dhatêng botên mêdal, amargi tigan wau sampun bevrucht. Manawi wiji tigan wau ing sawatawis dintên botên gathuk kalihan wiji jalêr (zaad), tigan wau lajêng sagêd ical sirna utawi pêcah, ing panggenan tilas tumèmplèkipun tigan ing baarmoeder wau kadosdene pisah utawi suwèk makatên, ing ngriku ngêdalakên êrah, inggih punika anggarapsari wau.

[Iklan]

Mila limrahipun yèn tiyang èstri anggènipun anggarapsari kèndêl botên mêdal, punika nandhakakên tigan sampun gathuk kalihan zaad dados gatra, namanipun tiyang èstri wau ngandhêg utawi wawrat.

Manawi èstri botên kêmpal jalêr, dados tiganipun botên gathuk kalihan zaad, môngka anggènipun anggarapsari kèndêl, punika wontên sabab sanès, kados ta èstri wau sakit kêkirangan erah (bloedarmoede) sakit ing lêbêt utawi sanèsipun. Badhe kasambêtan.

R. Sumadirja, Ind. Arts. Sêmarang.

--- 136 ---

Bab Tanêman

Tanêman Jagung

Sambêtipun Kajawèn nomêr 104

Ing jaman kina sêkar jagung punika jalêr èstri botên pisah kados ing sapunika, kêmpal wontên ing pucuk, sêkar jalêr wontên ing nginggil, sêkar èstri wontên ing ngandhapipun, sapunika inggih taksih wontên sêkar ingkang kados makatên, nanging punika jagung ingkang witipun mênggrik-mênggrik kêra kemawon.

Mênggah warni-warninipun jagung punika:

1. jagung untu jaran, jagung untu jaran punika jantènipun agêng-agêng, las-lasanipun inggih agêng-agêng kados untu kapal, warninipun pêthak, namung ngandhut pathi sakêdhik, raosipun lêgi, ingkang kathah namung kangge nyamikan kemawon. Wontên malih ingkang nanêm prêlu dipun pêndhêt têbonipun kemawon, awit têbonipun agêng lan lêma. Umuripun panjang, watawis pitu utawi nêm wulan.

2. jagung pêthak utawi jagung ngantang. Jagung ngantang punika warninipun pêthak, botên êmpuk kados jagung untu jaran, janggêlanipun agêng, las-lasanipun inggih agêng. Ing tanah Jawi ngriki botên patosa kathah ingkang nanêm, amargi umuripun panjang lan botên gurih, awit pangandhutipun gajih namung sakêdhik. Yèn dipun sade botên sagêd pajêng awis, manawi dipun simpên dangu gampil kenging bubuk, jalaran botên patos atos sangêt.

3. jagung jêne. Jagung jêne punika atos sangêt, dados botên gampil kacandhak bubuk samôngsa dipun simpên dangu. Pangandhutipun pathi lan lisah kathah, raosipun gurih lan eca, milanipun ing pundi panggenan kathah tiyang ingkang nanêm jagung jêne. Jagung jêne punika inggih warni-warni, kados ta:

ha. Jagung Mênadho. Jagung Mênadho punika inggil, witipun kiyat, jagungipun panjang, mêntês lan rapêt, kuciwa umuripun panjang, tumrap ing tanah ngare gangsal utawi nêm wulan, tumrap ing tanah parêdèn pitu utawi wolung wulan.

na. Jagung wêlut. Jagungipun panjang, umuripun watawis sakawan wulan.

ca. Jagung kodhok. Jantènipun cêlak kalihan siti, umuripun satus dintên.

4. Jagung asmaradana. Warninipun abrit utawi wungu, raosipun botên eca, awis-awis sangêt dipun tanêm.

Kajawi jagung sakawan warni ingkang kula aturakên ing nginggil punika, bokmanawi taksih wontên malih namanipun jagung, nanging kula piyambak botên mangrêtos, ingkang punika kula sumanggakakên dhatêng para maos.

Bab Pamilihipun Wiji

Pamilihipun wiji punika ing sasagêd-sagêd damêl wiji piyambak, miliha jagung ingkang sêpuh lan sae,

--- 137 ---

sampun ngantos tumbas bibit wontên ing pêkên, awit tarkadhang bibit tumbasan punika kirang sêpuh utawi kirang garing. Yèn pancèn kêpêksa tumbas wiji, kêdah èngêt bab-bab ing ngandhap punika:

1. Sampun ngantos mêndhêt jagung ingkang mringis, inggih punika janggêlipun ing pucuk katingal, dados klobotipun botên rapêt, namung wontên ngandhap kemawon, ingkang makatên punika gampil dipun lêbêti bubuk.

2. Kêdah pados jagung ingkang mêpêt, isinipun dumugi ing pucuk, wujuding jantènipun buntêk, bongkot pucukipun mèh sami agêngipun.

3. Kêdah milih jagung ingkang rapêt, têgêsipun sabên larikan wontên isinipun, ingkang sae 12 larik.

4. Sampun ngantos mêndhêt jagung ingkang ompong, bogang awis-awis.

5. Amiliha jagung ingkang garanipun cêlak, gagangipun botên panjang.

6. Sampun ngantos migunakakên jagung asmaradana. Inggih punika jagung ingkang isinipun warni-warni.

7. Sasagêd-sagêd kêdah milih jagung ingkang jantènipun agêng-agêng.

8. Sampun mêsthi kemawon milih jagung ingkang sêpuh lan garing sayêktos, inggih punika wijinipun pating plênis sarta atos, botên sami kisut.

Yèn sampun angsal bibit ingkang dipun kajêngakên, manawi sampun kabêkta wangsul lajêng dipun bucali klobotipun. Prayoginipun bongkot pucukipun janggêlan dipun bucal sampun tumut katanêm, jalaran wiji ing pucuk alit-alit, wiji ing bongkot sanajan agêng nanging ênèm utawi êmpuk, dados ingkang dipun pêndhêt kangge bibit punika wiji ing têngah. Badhe kasambêtan.

Rutam, ing Purbalingga

[Grafik]

Tanah parêdèn ing èrèng-èrènging rêdi Tangkuban Prau, Priyangan.

--- 138 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Ekonomi Tanah Piyambak

V

Garèng: Katêranganamu prakara sudagar bathik saikine bisa mak pêthènthèng, ora liya jalaran saka pitulungane ingkang wajib, yaiku sing diwujudi dening: Dhepartêmèn ekonomi sêsakên, kuwi barêng takpikir nganti mêmêt, pêpuntoning têtêmbanganaku: We hla iya bênêr bangêt, nanging iya ... nèk-nèke. Pancène mono luwih dhisik kene kudu nêmoni salah siji juragan bathik sarta banjur pitakon mangkene: andak ênggih ngotên ta mas.

Petruk: Mu-pa-kat, Kang Garèng, aja mung prêcaya nyang omonge wong bae, nanging iya kudu disêksèni dhewe. Mulane sasi Marêt ngarêp iki, yèn ora ana alangan siji apa aku bisa nonton pasar malêm nyang Surakarta, aku nêdya mrêlokake sônja nyang sawênèhe para juragan bathik prêlu ngrêmbug ing bab kuwi mau. Tanggung, Kang Garèng mêsthi olèhe ... suguhan.

Garèng: Wong sêmbrana, ana kok mêsthèk-mêsthèkake bakal olèh suguhan, ambok sing rada pakwira sêthithik, Truk, aja mung mikir isining têlèh bae.

Petruk: Dupèh aku ngandhakake: suguhan, nèk gêgambarane Kang Garèng iya banjur bangsane: sripitan lan nyamikan bae. Kliru, Kang Garèng, sanadyan ing besuk yèn kalakon aku sônja nyang juragan bathik têmênan, diajak bangsane lim-liman lan ropyan-ropyan aku ora êmoh. Aku mau ngomongake: tanggung, mêsthi olèh suguhan. Sabab sing tak têkani iki bangsane sudagar, dadi bangsaning bakul, nanging iya bakuldiningrat. Mara, lumrahe wong adoh têka ing panggonan bakul kuwi rak mêsthi kelangan, ta, yaiku: têtuku barang dêdagangane. Nanging kaya aku kiyi, niyat ingsun saka ngomah sônja nyang omah sudagar bathik mau, ora niyat arêp kulak bathikan, nanging arêp golèk sêsurupan. Jajal saupama kowe sônja nyang rèsturan, ora kok nêdya jajan, nanging nêdya pitakon marang sing duwe rèsturan kono mêngkene upamane, mas, pandamêle masakan kamarbolah niku pripun. Tanggung, Kang Garèng, apês ambalêbês, kowe mêsthi bakal disosot-sosotake. Nanging yèn kowe sônja nyang salah siji sudagar bathik mau, sanadyan ora arêp amborong jarit utawa kêmbên, tak tanggung mêsthi olèh suguhan. Têgese suguhan kiyi, iya ora mung wedang tèh cap Sêmar gula batu karo pacitane sing nikmat-nikmat, nanging iya rêmbug-rêmbug sing gawe lêganing ati.

Garèng: Dadi karêpe: kowe bakal bisa olèh katêrangan saka sudagar bathik mau kanthi satêmên-têmene, ta. Ha iya, nanging tèh cap Sêmar gula batu karo pacitane mau ambok aja susah dikinthil-kinthilake. Ora, Truk, ambalèni [a...]

--- 139 ---

[...mbalèni] rêmbuge ing ngarêp ing bab pitulungane ingkang wajib nyang panggaotan apadene kabudidayan duwèke bangsane dhewe kiyi. Lo, kuwi salawas-lawase ingkang wajib mau, apa mêsthi diwujudi dening dhepartêmèn Ekonomi Sêsakên.

Petruk: Ora mêsthi, Kang Garèng, kadhang-kadhang iya sok diadani dening dhepartêmèn Lanbao, yaiku: dhepartêmèn têtanèn.

Garèng: O, iya, Truk aku malah wis tau ngalami dhewe. Dhèk biyèn ing sawijining dhistrik ing Jawa Têngah ana wong-wong tani padha dipranata carane nandur pari. Jarene iki manut tuntunan dhepartêmèn têtanèn mau. Yaiku nandur pari cara modhèl larikan. Panandure pari mau kajaba dilarik-larik nganti kaya suradhadhu paradhê kae, lête siji lan sijine dipêsthèkake samene sènti mètêr, sapira, êmbuh wis lali aku. Wah, lidok, Truk, ditandur cara mêngkono kuwi, parine pancèn iya katon lêmu-lêmu bangêt. Saka lêmu-lêmune mau, nganti kaum tani sing padha nurut nandur cara mêngkono kuwi mau, padha ... tangisan.

Petruk: Hla iya, wong bungah kuwi sok ana sing banjur malah nangis. Tumrap wong tani, bungah-bungahe iya yèn tandurane padha katon lêmu-lêmu kuwi mau.

[Grafik]

Garèng: Mula iya mêngkono, truk, parine iya pancèn lêmu-lêmu têmênan. Dene kaum tani mau anggone padha tangisan, wong iya anèh, saka lêmu-lêmune pari mau, jêbul banjur ... majêr, aliyas padha gabug.

Petruk: Sabanjure kaum tani nuli kapok tuwa. Iya pancèn mêngkono kuwi saradane wong-wong bangsane dhewe, yèn duwe ada-ada apa-apa, kok ora dadi, kuwi sok banjur: êmbèk, moh nglakoni manèh. Seje karo bôngsa liya, nèk duwe ada-ada, sanadyan dilakoni gèpèng, nèk durung kêcandhak ora bakal dilèrèn-lèrèni. Kayadene nandur pari modhèl larikan mau, kuwi rak lagi coban-coban, ing kono wis têtela, tandurane lêmu-lêmu, dadi ana apike, ta. Kèri-kèri kok gabug, lo kuwi mêsthi ana kliru utawa salahe panandure. Iki aja banjur kapok sarta muni mangkene: Yah, iya bêcik nandur cara kuna-kuna bae. Malah nèk ora kabênêran misuh-misuhi sing awèh tuntunan: pancèn iya kêng ... rama, nèk pancèn ora

--- 140 ---

jegos kuwi ambok aja susah awèh tuntunan barang, hla mlothot. Iki kaliru bangêt, Kang Garèng, nanging malah kudu diudi: sabab apa, ingatase pari lêmu-lêmu mangkene têka gabug. Ora pati-pati lèrèn anggone ngudi yèn durung nganti kêcandhak wadine.

Garèng: Pancèn iya gampang wong kôndha kuwi, dhasar wong iya mung ngobahake lambe ngisor lan lambe dhuwur. Nanging sing tak alami nandur cara modhèl larikan mau, kira-kira wong iya wis rong jinah taun saprene. dadi pancène iya wis ora kalêbu ing buku manèh. Saiki padha ngrêmbug kaanan ing wêktu iki bae. Apa sing diadani ingkang wajib, sing diujudi dening dhepartêmèn têtanèn kuwi mau.

Petruk: Wah, sasayahe, Kang Garèng, kaya ta sing diadani parentah sêsuluh têtanèn (Landbouwvoorlichtingsdienst) ing Jawa Wetan, yaiku ing bab tanduran sayuran kobis, utawa liya-liyane, kang tinêmu ing antarane Bôndawasa karo Jêmbêr. ing kono diorganisir bêcik Kang Garèng.

Garèng: Wayah, iya ora mèmpêr nèk bêcik-bêcik kuwi, sêtun-sêtun gurih kêmlêthik, nèk bakaran gangsir kuwi.

Petruk: Aku muni diorganisir, têgêse iki: dipranata, Kang Garèng, kok banjur bakaran gangsir, karêmane dhewe bae ngono. Wis, saiki rungokna takcaritani anane tatanan ing kono kuwi mau.

Ing sakawit ana guru desa diwèhi kursus têtanèn lawase rong taun. Sauwise guru iki mau diwajibake mulang kawruhe têtanèn mau nyang para murid sing wis mêtu saka sakolahan desa. Ing wusana guru iki mau banjur dadi panuntune utawa lèdhêr (leider) wong rongpuluh utawa salawe sing wis olèh kursus têtanèn mau. Iki mujudake sagolongan dhewe, yèn wis ana lima utawa nêm golongan sing kaya ngono kuwi mau, salah sijining guru ana sing dipilih dadi kêpala pênuntun utawa uplèdêr (hoofdleider). Hla para uplèdhêr-uplèdhêr iki padha dibawahake dening ndara Ajung Lanbaokonsulèn. Mungguh sing dadi dhasare anane kumpulan sing kaya ngono kuwi mau, Kang Garèng, prêlu nganakake lumbung kang kanggo nyimpên bibit pari sing wis pilihan têmênan. Siji-sajiningsiji-sijining. warganing pakumpulan diwajibake kudu nyimpên bibit sing pilihan mau, lan iya nganggo ditandhani barang, Kang Garèng.

Garèng: Pancèn iya prêlu, Truk, barêng-barêng nyimpên pari nyang lumbung kono kuwi. Supaya ing besuk kanggo ambayari ... ndara mantri lumbung, kangjêng tuwan kontrolir lumbung ...

Petruk: Lo, lo, lo, iki seje manèh karo jaman ora enak dhèk biyèn kae. Wiji pari sing disimpên ana ing lumbung kono kuwi mau, duwèke para lid-lide dhewe, tur iya wis pilihan, têgêse: wis dianggêp apik dening sing wajib. Prêlu nyimpên wiji sing wis pilihan mau, karêpe: 1e bisa ambêcikake tandurane pari, lan 2e nèk wis wancine nyêbar wiji mau, wis sumadhia, ora banjur taruthusan golèk-golèk. Sabab iki rak bisa kalakon, olèhe wiji mau kanthi rêga sing larang bangêt, kathik wiji sing bisae sangêt. Cêkake langganan: cilaka, Kang Garèng.

--- 141 ---

[Iklan]

Buku Olah-olah, Dhaharan Walandi

Bale Pustaka mêntas ngêdalakên buku olah-olah malih. Ingkang sampun mêdal ngêwrat lêlawuhan sarta dhêdhaharan cara Jawi. Ingkang sawêg mêdal samangke punika ngêwrat lêlawuhan utawi dhêdhaharan cara Walandi. Lêlawuhan wontên 139 warni, dados inggih botên kirang pêpak, dhaharan wontên 64 warni, nama sagêndhingipun. Kajawi punika dipun wêwahi pitêdah utawi ancêr-ancêr manawi nata meja (tata dhahar) sarta urut-urutanipun lumadosing dhaharan. Dados kagêm tuntunan kônca ingkang kapasrahan pawon utawi kônca ingkang kapasrahan nyêgah dhahar dhatêng tamu, sampun cêkap sangêt.

Bokmanawi wontên ingkang mabêni atur kula ing nginggil: mangkonoa kae, panganan Walônda ki larang.

Kagêm ngarêm-arêmi panggalihipun priyantun ingkang kagungan pandakwa makatên wau, langkung prayogi manawi bêbukaning sêrat wau kula aturakên ing ngriki, makatên ungêlipun:

Buku olah-olah dhaharan Jawi sampun kawêdalakên. Murih jangkêpipun samangke angêdalakên buku olah-olah dhaharan Walandi. Awit sanajan priyantun Jawi, ing wêkdal samangke ugi sampun kathah ingkang ngrêsakakên dhaharan Walandi. Pandhapukipun rêsèp kaangkah prasaja. Têgêsipun: sawarnining olah-olahan botên kok ngêplêki ngangge abên-abênan kados salugunipun. Namung dipun angkah sagêda ngiribi kados olah-olahan Walandi. Prêlunipun mayar wragadipun. Dados upami cara Walandi saèstu sadaya-sadaya mawi mêrtega, ing sêrat ngriki cêkap mawi lisah klêntik, botênipun inggih mawi mêrtega namung sakêdhik.

Sarèhning olah-olahan punika ecanipun botên namung dumunung wontên ing bumbu, nanging ugi wontên ing pangolahipun, mila sanajan bumbunipun wontên kirangipun, saugêr ngatos-atos anggènipun ngêcakakên, raosipun kados botên badhe suda.

Pancèn inggih makatên wau bakuning sêdya kula: wragad suda nanging mirasa.

Ewadene kula sumôngga.

Samangke, alah dene namung: jarene, kula aturi: nyatakake, rêginipun mirah, namung (aksara latin) ... f 0,50.

--- 142 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès)

TANAH NGRIKI

Adêging Darmo-Harsoyo sampun 25 taun. Benjing tanggal 4/5 Februari ngajêng punika pakêmpalan kêpêjahan Darmo-Harsoyo badhe ngawontênakên paargyan mèngêti adêging pakêmpalan sampun 25 taun, wilujêng. Ing paargyan ngriku badhe dipun wontêni têtingalan sandiwara adamêl lampahan nama "Pêndhidhikan Karahayon", inggih satunggiling cariyos ingkang anggambarakên ancas sêdyaning pakêmpalan wau.

Pikramèn ing Karaton Ngayogyakarta. Benjing dhawahing damêl pikramèn ing karaton Ngayogyakarta, wontên rancangan badhe kagiarakên ing radhio, lumantar Nirom tuwin Mavro.

Mijèni ulam ing tlaga Toba. Awit saking rêrigênipun ingkang wajib, ing tlaga Toba, Sumatra dipun cêmplungi wiji ulam tambakan, asli saking Bandung tuwin ulam nilêm, asli saking Sumatra Kilèn. Ing têmbe supados dados indhaking asilipun tiyang misaya ulam ingriku.

Zender Nitisêmito ing Kudus. Miturut wartos, zender Nitisêmito ing kudus botên anggiyarakên wartos malih, jalaran saking wontên pasulayan rêmbag ingkang sami wajib.

Juru potang ing Surakarta. Miturut wartos, sarêng wiwit tumindak juru potang arta mawi palilah, sampun wontên tiyang ingkang gadhah panyuwun cacah 900, ingkang kathah bangsa Tionghoa.

Juru potang ing Mr. Cornelis. Ing Mr. Cornelis sampun wontên juru potang 50 ingkang nyuwun palilah dhatêng ingkang wajib. Tiyang samantên wau dêdunung ing Bêkasi tuwin Mr. Cornelis. Dumuginipun sapunika ingkang angsal palilah sawêg 10, bangsa Arab 5, bangsa Tionghoa 5, ingkang 40 taksih dipun timbang-timbang.

Sêrat-sêrat ing brievenbus risak. Sampun sawatawis dintên, nalika punggawa post ing Bêtawi ambikak brievenbus ing Gunungsari, ing wanci jam 3 dalu, sêrat-sêrat wau wontên ingkang kumukus jalaran kêbêsmi. Ingriku pinanggih wontên têgêsan gagang rèk ingkang sampun mèh kêbêsmi. Bab punika kakintên saking pandamêlipun tiyang ingkang kurang ajar. Wontên sêrat-sêrat sawatawis ingkang kêpêksa kawangsulakên dhatêng ingkang kintun. Wontên postblad satunggal ingkang ajur babarpisan.

Baita kuwalik. Ing sabrangan sacêlakipun Prapat, lèpèn Progo, Ngayogya, wontên baita ingkang kangge nyabrangakên tiyang kuwalik, jalaran katêmpuh ing jawah angin. Wontên tiyangipun ingkang numpak 5 sami kêcêmplung lèpèn, sami tiwas, namung tiyang 4 ingkang nglampahakên baita, sami wilujêng.

Nanggulangi ama bajing. Ing bawah Labuan, Bantên wontên ama bajing ingkang damêl karisakaning tanêman klapa. Ingriku lajêng ngawontênakên pirukunan têtiyang dhusun badhe nanggulangi ama wau, kanthi kawontênakên ganjaran, sintên ingkang sagêd mêjahi bajing, sabên satunggal dipun tumbas 4 sèn. Arta ingkang kangge ganjaran wau mêndhêt saking têtiyang ingkang sami gadhah kêbon klapa. Rekadaya wau tuwuh saking rêrigênipun priyantun Pangrèh praja.

Tatanan dados abdi dalêm Surakarta. Miturut wartos, tumrap ing Surakarta, tatananing pamagangan, sagêdipun angsal pangkat mawi katêtêpakên, 1. Ingkang sagêd dados mantri, ngêmungakên tamatan saking Mulo. 2 Ingkang sagêd dados panèwu, wêdalan saking pamulangan têngahan. 3 Ingkang sagêd dados bupati-anom, wêdalan saking pamulangan luhur. 4 Ingkang sagêd dados bupati, namung tumrap saking academie. Pamagang ingkang rumiyin angsal tulage, sapunika botên.

Alg. Volkscredietbank ing Pacitan. Wontên wartos, wiwit tanggal 1 Februari ngajêng punika ing Pacitan badhe kawontênakên Alg. Volkscredietbank. Wiwit titimangsa wau botên dados pangipun Alg. Volkscredietbank Ponorogo malih.

Sudaning pamêdal ing Ponorogo. Kala taun kêpêngkêr, tanêman pantun ing bawah Somoroto, Ponorogo, kathah ingkang katrajang ama bêluk tuwin mênthèk. Sudaning pamêdal wontên 80%.

Pabrik balapêcah ing Surabaya. Pabrik balapêcah ing Surabaya ingkang badhe kabikak, punika pawitanipun saking bangsa Walandi tuwin Tionghoa. Dene ingkang badhe dipun damêl lodhong tuwin gêndul rumiyin.

Tukang ngracun kewan dipun cêpêng. Ing Cibeureum, distrik Luragung, Cirêbon, wontên tiyang kalih nama Witadinata tuwin Artadiraksa sami dipun cêpêng ing pulisi jalaran kadakwa ngracun maesa. Miturut wartos tiyang kalih wau pancèn sampun kagrayang gadhah tindak makatên, awit ing dhusun Cibeureum ngriku kathah maesa ingkang pêjah jalaran kenging racun. Mila sarêng tiyang kalih wau kêcêpêng, tiyang ing dhusun ngriku sami bingah.

Bupati ing Lêbak. R. Hardiwinangun, patih ing Indramayu, jumênêng bupati ing Lêbak.

Tindak mêtêngi ing Sêmarang. Kala malêm tanggal 24 wulan punika ing Sêmarang sampun kêlampahan katindakakên amêtêngi kitha. Jam 7 thèng wiwit katindakakên nyirêp pêpadhang, ingkang mawi watês. Jam 8 wontên tandha saking radhio tuwin saking ambêngung tuwin suwaraning kênthongan ing sakitha Sêmarang. Ing sanalika ngriku pêt, pêtêng babarpisan. Cobèn-cobèn wau pinanggih marêmakên.

Pakêmpalan Arab enggal. Wontên wartos, golongan bangsa Arab pranakan ing Surabaya tuwin Bêtawi, gadhah sêdya badhe ngêdêgakên pakêmpalan piyambak, ingkang adhêdhasar anggadhahi wutah rah tanah Arab.

Ngusulakên indhaking Pangrèhpraja. Awit saking usulipun warga Raad Kawula tuwin Hermen Kartowisastro, supados parentah kaparêng anggalih wangsuling pangrèhpraja, ingkang rumiyin kasuwak jalaran jaman ngrêkaos.

Stovit. Lulus dados Ind. Tandarts ing Surabaya, nonah Sutinah Jayadirjo, asli saking Bêtawi.

Wisudhan residhèn. Miturut wartos praja, Tuwan H.A. Van Loghem, residhèn ter beschikking ing Gupêrnur Jawi Kilèn, dados residhèn ing Bêtawi. Dr. A.C. Tobi, asistèn-residhèn klas I ter beschikking ing residhèn Preanger, dados residhèn beschikking ing Gupêrnur Jawi Kilèn. Mr. C.C.J. Maassen, wd. Adviseur agrarisch tuwin Mr. H.C. Hartevelt, wakil parentah babagan prakawis umum, sami angsal sêsêbutan residhèn.

Bêna ing Cirêbon. Jalaran saking dêrêsing jawah, ing Sindanglaut, Karangasêm, Cilêduk tuwin dhusun-dhusun laladan Cirêbon sisih wetan sami kêbênan.

Baita pamisayan ulam kèrêm. Sampun sawatawis dintên ing sagantên saêlèr Têgal wontên baita pamisayan ulam 2 sami kèrêm. Wontên tiyang ingkang numpak 2 ical, wontên tiyang sanèsipun 16 sagêd kêtulungan.

EROPA.

Prancis tumbas motor mabur. Wontên wartos, Prancis badhe tumbas motor mabur dhatêng Amerika 250, punika kajawi wêlingan ingkang sampun, cacah 100. Miturut katrangan saking pangagêng militèr, wêlingan wau sagêd ugi ngantos 600.

NAGARI WALANDI.

Film wadya Indhia. Miturut wartos saking Den Haag, film wadya Indhia nalika dipun pitongtonakên kathah sangêt ingkang migatosakên, ngantos kathah tiyang ingkang sami botên angsal panggenan. Lajêng badhe dipun ambali kapitongtonakên malih, tumraping umum.

AMERIKA.

Lindhu agêng ing Chili. Kala tanggal 24 Januari jam 11.30 dalu ing Chili, wontên lindhu agêng, ingkang pinanggih wiwit taun 1927 sawêg punika ingkang agêng piyambak. Ing sakawit kasumêrêpan tiyang ingkang tiwas wontên 100. Karisakan ing salêbêtipun kitha agêng, wontên ingkang anjalari dados kabêsmèn. Griya kunjaran ing Talca ambruk, wontên tiyang ukuman 10 nêmahi tiwas, 20 nandhang tatu. Ing Talcahuano satunggiling palabuhan ingkang misuwur kathah karisakan, tiyang tiwas 7. Miturut wartos praja, ing Chili tiyang ingkang tiwas 5000. Miturut wartos ingkang kantun, kintên-kintên tiyang ing Consepion tuwin Sillan ingkang tiwas apêsipun 8000. Ing saindêngipun Chili tiyang ingkang kêtaton tuwin ical wontên 15.000.

--- 143 ---

Wêwaosan

Anakipun Tarsan

Piridan saking buku karanganipun Edgar Rice Burroughs

50

Bènês apitakèn dhatêng Mariyam makatên: Ora, nonah, sing kok arani Korak sarta Akut, kuwi sabênêre mono sapa.

Mariyam amangsuli: Akut iku bangsane: mangani, dene Korak, sawijining: tarmangani.

Kalayan sêmu gumun Bènês apitakèn malih: Ambokiya têrangna nyang aku, mangani, apadene tarmangani, kuwi apa.

Mariyam gumujêng kêkêl sarta lajêng wicantên makatên: Tuwan iku bangsane tarmangani. Dene sing diarani mangani, kuwi awake sakojur dhiwut-dhiwut, nèk bangsane tuwan anggone ngarani kêthèk.

Bènês: O, dadi Korak kuwi wong bôngsa kulit putih.

Mariyam: Iya.

Bènês pitakèn malih: Korak kuwi apa ... apa ... Bènês botên mêntala anglajêngakên pitakènipun, awit Mariyam tansah ngawasakên dhatêng piyambakipun kadosdene lare èstri ingkang dèrèng ngrêtos punapa-punapa.

Mênggahing Mariyam, dhasar lare ingkang taksih sukci manahipun, mila botên mangrêtos punapa ingkang dipun kajêngakên dening Bènês wau, ingkang punika piyambakipun inggih lajêng pitakèn sêmu gumun makatên: Pitakène tuwan apa, apa. Kuwi mungguh krêsane tuwan kapriye.

Kalayan gêlagêpan Bènês apitakèn: Apa ... apa ... Korak kuwi sadulurmu lanang.

Mariyam: Korak dudu sadulurku dudu barang.

Bènês: Dhèwèke kuwi apa bojone nonah.

Ing sêmu Mariyam wau gêli sangêt mirêng pitakènipun Bènês ingkang makatên punika, amila piyambakipun lajêng gumujêng kêpingkêl-pingkêl sarwi wicantên makatên: Bojoku. Coba bêdhenên. Aku iki umur pira. Rumasaku dhewe, kaya-kaya aku iki isih kênomên bangêt saupama duwea bojo. Bab sing kaya ngono kuwi tumêkane saiki durung kalêbu ing angên-angênku. Sakala punika Mariyam èngêt dhatêng sêsrawunganipun piyambakipun kalihan Korak, ingkang tanpa rikah-rikuh utawi subasita babarpisan. Amila tumrap piyambakipun inggih lajêng angèl anggènipun badhe nyariyosakên ingkang lêrês. Ing wusana piyambakipun lajêng namung mangsuli makatên: Korak kuwi iya Korak, sasampunipun wicantên makatên wau, Mariyam lajêng gumujêng kêpingkêl-pingkêl malih.

Satunggiling dalu, nalika tiyang sanès-sanèsipun sampun sami tilêm sadaya, Mariyam kalihan Bènês sami lêlinggihan wontên ing griya ngajêngan. Ing kala sontênipun tiyang kêkalih wau sami main tènis. Mênggahing Bènês dhatêng main tènis mila inggih pintêr sayêktos. Botên ngêmungakên dhatêng main tènis kemawon, nanging dhatêng sadaya babagan sêporêt piyambakipun mila kalêbêt pilihan. Nalika tiyang kêkalih sami lêlinggihan wontên ing griya ngajêngan wau, Bènês nyariyosakên kawontênanipun ing kitha Londhên tuwin ing Paris. Ing ngriku kacariyosakên kitha kalih wau, ing bab panganggenipun para wanita ingkang sadaya sarwa sae lan èdi. Makatên ugi piyambakipun nyariyosakên ingkang dados kasênênganipun para hartawan ing kitha kalih wau. Dhasar Bènês punika pancèn baud andongèng, amila punapa ingkang dipun cariyosakên punika, inggih nêngsêmakên sayêktos. Sampun tamtu bilih ing cariyosipun sadaya wau, piyambakipun piyambak ingkang tansah katingal pêngpêngan, dados sêsêkaripun ngriku. Nanging jalaran saking pintêripun anggèning nyariyosakên punika, ngantos botên katingal bilih sadaya-sadaya wau namung badhe ngumukakên badanipun piyambak.

Ing kala punika Mariyam rumaos sênêng sangêt manahipun. Tumrap kênya wana wau, sadaya ingkang dipun cariyosakên dening Bènês punika, prasaksat kadosdene dongenganipun sèwu satunggal dalu. Ing ngriku Mariyam rumaos kapranan manahipun dening Bènês, amila sarêng Bènês linggihipun saya nyakêti saha lajêng nyandhak tanganipun, Mariyam karaos kumêsar.

Salajêngipun Bènês nuntên bisik-bisik ing kupingipun Mariyam saha wicantên makatên: Mariyam, apa aku kêna ngarêp-arêp ing besuk kowe dadi woding atiku.

Mirêng wicantênan ingkang makatên punika, Mariyam lajêng nyawang dhatêng Bènês, nanging ing sarèhning sampun pêtêng, rainipun Bènês botên sagêd katingal cêtha. Ing kala punika Mariyam karaos andharêdhêg, nanging botên nêdya anginggati. Salajêngipun Bènês nuntên ngrangkul Mariyam sarwi bisik-bisik malih makatên: Mariyam, aku iki trêsna bangêt nyang kowe.

--- 144 ---

Mariyam botên mangsuli punapa-punapa, awit botên mangrêtos kadospundi anggènipun kêdah mangsuli. Mênggahing Mariyam, sajatosipun dèrèng mudhêng dhatêng ing katrêsnan punika. Ing bab punika dèrèng kalêbêt ing angên-angênipun. Ewasamantên piyambakipun rumaos sênêng manahipun, dene wontên ingkang gadhah trêsna dhatêng piyambakipun. Mênggah rumaosipun Mariyam, bêgja sangêt tumrap tiyang ingkang dipun rêmêni ing ngakathah punika. Tumrap piyambakipun piyambak, wiwit alit prasasat tanpa wontên ingkang anggadhahi trêsna.

Ing kala punika Bènês andadak cariyos malih makatên: Ora, Mariyam, coba walèha, kowe kuwi apa iya trêsna nyang aku.

Wicantên makatên punika, rainipun Bènês saya nyakêti Mariyam nêdya ngambung, ing kala punika mèh kemawon gathuk, dumadakan Mariyam ujug-ujug sumêrêp gêgambaranipun Korak. Katingalipun ing ngriku rainipun Korak cakêt sangêt ing rainipun piyambak. Malah katingalipun ing ngriku, kadosdene Korak sangêt ing prihatosipun. Sanalika punika Mariyam inggih lajêng mangrêtos, punapa ingkang dipun wastani: katrêsnan punika. Kanthi alon-alon Mariyam mlajêng nguculi rangkulanipun Bènês sarwi wicantên makatên:

Aku ora bisa mêsthèkake yèn aku iki trêsna nyang kowe. Bêcik padha diêntèni bae dhisik. Kaya-kaya isih ana mangsane. Karo manèh aku iki yèn lakia isih kênomên. Lan aku dhewe durung karuwan apa ana ing Londhên utawa ana ing Paris kuwi bisa sênêng. Malah kosokbaline aku ngrasa wêdi.

Mariyam lajêng mênyat saking palinggihanipun. Ing kala punika gêgambaranipun Korak taksih katingal wontên ing ngajêngipun.

Salajêngipun Mariyam wicantên makatên: Wis, tuwan, kaparênga aku mlêbu ngomah, pancène mono iya eman-eman bangêt ninggal kene. Wicantên makatên punika Mariyam kalihan nudingi sakathahing lintang-lintang ingkang pating prêlik wontên ing ngawang-awang, sarta prênahing wana ingkang saking ngriku katingal padhang dening kasorotan ing wulan. Sasampunipun Mariyam wicantên malih makatên: Nyang kaanan kabèh iki aku kasêngsêm bangêt.

Klayan ngêmên-êmênakên Bènês wicantên: Kiraku mungguhing kowe bakal luwih dhêmên manèh nyang Londhên. Lan Londhên dhewe iya bakal sênêng nyang kowe, nyang ngêndi bae, kowe mêsthi bakal kacêluk mungguhing warnamu. Lan wong ing ngêndi bae mêsthi bakal angaji-aji nyang kowe, jalaran saka ayumu.

Tanpa ngucap kathah-kathah Mariyam namung wicantên makatên: Wis, aku arêp lumêbu.

Sakesahipun Mariyam saking ngriku Bènês lajêng mêndhêt sês sigarèt saha lajêng udud-ududan. Botên watawis dangu piyambakipun lajêng mèsêm piyambakan, awit gagasanipun: botên kenging botên lare èstri wau dangu-dangu mêsthi lajêng manut punapa dhatêng pikajênganipun.

XVIII

Enjingipun Bwana kalihan Mariyam sami lênggahan wontên ing griya ngajêngan, dumadakan saking katêbihan katingal wontên tiyang numpak kapal ngênêr dhatêng ing griya ngriku. Bwana lajêng ningali kalihan ngangkat tangan nyipatakên dhatêng tiyang ingkang dhatêng punika. Bwana ngraos gumun, awit ing tanah Aprikah ing sisih têngah punika, awis sangêt wontên tiyang mônca. Mèh sadaya tiyang ingkang dêdunung wontên ngriku, Bwana têpang. Dalasan têtiyang cêmêng ingkang manggèn têbih sangêt saking ing ngriku, Bwana inggih mêksa têpang sadaya. Langkung malih mênggahing tiyang bôngsa kulit pêthak, sanadyan taksih saêpos têbihipun saking ngriku, mêsthi lajêng wontên tiyang suka sumêrêp dhatêng piyambakipun. Kewan punapa ingkang dipun bujêng, lan kadospundi caranipun tiyang wau anggènipun amêjahi kewan, sadaya wau mêsthi kalapurakên dhatêng Bwana. Sabab, Bwana punika botên rêmên sangêt dhatêng cara amêmêjahi kewan ingkang ambêk siya punika, limrahipun manawi wontên tiyang gadhah tindak makatên punika, lajêng sok dipun ajar purun dening Bwana.

Sampun asring kalampahan, wontên tiyang bôngsa kulit pêthak, dipun tundhung kapurih wangsul dhatêng ing pasisir, sabab tumrap têtiyang cêmêng ing ngriku sami awon tindakipun. Malah wontên satunggiling grêma bôngsa Eropah ingkang kasuwur namanipun, dipun tundhung dening Bwana saking tanah ngriku, sarta dipun awisi wangsul malih, jalaran sampun amêjahi singabarong kalih wêlas cacahipun, botên sarana dipun sênjata, nanging sarana dipun pasangi umpan ingkang ngêmu racun.

Jalaran ingkang makatên punika para grêma bôngsa kulit pêthak ingkang pancèn jujur manahipun, makatên ugi têtiyang cêmêng ing kiwa têngênipun ngriku, sadaya sami angaji-aji sangêt dhatêng Bwana wau, sadaya kapala tiyang cêmêng ing jajahan tanah ngriku, ingkang sami kêrèh dhatêng para grêma bôngsa kulit pêthak, umumipun inggih sami langkung ajrih ladlan. langkung ngaji-aji dhatêng Bwana, katimbang dhatêng lurahipun piyambak, jalaran saking punika, amila tumrap Bwana gampil sangêt manawi badhe nundhungi tiyang mônca ingkang botên dados sênênging manahipun, cêkap sarana kaancam badhe dipun burakakên têtiyang andhahanipun kemawon, tiyang mônca wau têmtu inggih lajêng enggal-enggal kesah saking ngriku. Badhe kasambêtan.

__________

Isinipun: Pramèswari Nata Mêsir - Sêla, Bayalali - Kôndha Prasaja - Bab Panjaginipun Kasarasaning Badanipun Tiyang Èstri - Tanêman Jagung - Sêsawangan - Ekonomi Tanah Piyambak - Buku Olah-olah Dhaharan Walinda-Walandi. Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.

--- 17 ---

Nomêr 5, 31 Januari 1939, taun IV.

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta: Rr. Siti Mariyam, kawêdalakên sabên Slasa

Bab-bab Wajibipun Tiyang Sêpuh Dhatêng Lare

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 8.

Ingkang kenging dados guru punika namung para ingkang sampun marsudi kawaspadan, inggih punika ingkang sampun sagêd pirsa dhatêng wiji-wijining pambêgan, wêwatakan sarta pangwasa ingkang sumimpên wontên ing lare, dados sagêd ambiyantu diwasaning wiji-wiji wau kanthi migunakakên pangrêtosipun, ingkang awon dipun saèkakên, ingkang sae saya dipun saèkakên. Dados inggih kanthi sabar, kanthi êninging manah sarta inggih kêdah marsudi ingkang sayêktos. Lêgawaning manah ingkang tanpa pamrih, punika sagêd anuruni numusi ilham. Sarta tiyang ingkang trêsna sayêktos dhatêng lare, punika sanadyan botên waspada, botên kirang ingkang lajêng sagêd nyumêrêpi ing bab ingkang dipun bêtahakên para putranipun. Sanajan ragi rêkaos, nanging badhe angsal-angsalanipun sampun angèmpêri kala jaman atêlantis. Botênipun makatên, panyobi punika inggih agêng gunanipun, sarta manawi panyobi punika yêktosan, jalaran angèngêti rancaging kamajênganipun lare, têmtu botên badhe nulak dhatêng pandamêl rêkaos, inggih punika ingkang badhe anjalari kalampahaning pangajêng-ajêng kula sadaya.

Mila para putra-putra prêlu dipun sumêrêpakên manawi wontên bêbasan ingkang ungêlipun makatên:

Pati iku dadi dalaning urip. Makatên punika sanès lêlampahan ingkang ngagètakên ingkang kêdah dipun ajrihi, nanging satunggiling kamajêngan ingkang kêdah kula tampi kalihan suka bingahing manah.

Wontên sambêtipun.

Rara Sri Palupi.

--- 18 ---

Biron tuwin sampun dados Sinjang

Ing ngajêng sampun kacariyosakên ing bab nyêrat sampun dumugi mêdêlakên. Ing salajêngipun, samêdaling saking wêdêlan, namung awujud cêmêng. Ing ngriku lajêng dipun garap malih, nama dipun kumbah, inggih punika ngêriki lilin ing sêratan ingkang kalêrês badhe kenging soga, wujudipun, kados ingkang kacêtha ing gambar 1. Panggarapipun kêdah titi.

[Grafik]

Sasampunipun makatên lajêng dipun bironi. Ambironi punika nutupi plataraning sinjang ingkang kadamêl biru, kajênging biru punika badhe ngatingalakên biru (cêmêng) nging wêdêlanipun, mila tumrap sinjang ingkang badhe kangge pêthak ingkang sanès tembokan, upaminipun cêcêg, nalika ngumbah dipun kêrok ngantos rêsik, mangke lajêng dipun tumpangi ing lilin biron malih kawaradin kalihan bironipun, kados wujuding gambar ing plataraning sinjang. Ingkang namung wujud cêmêng, punika sajatosipun isi cêcêg. Tumrap ingkang tembokan dipun titi, manawi wontên ingkang thèthèl, dipun tambal. Tembokan punika benjing dadosing sinjang awujud pêthak, nanging pêthakipun wau beda kalihan pêthaking cêcêg wau, sanadyan pêthak, ugi kêtlêsêpan soga. Sarampunging panggarap, sinjang wau dipun cêlupakên ing toya ingkang dipun wênyêti godhong randhu dipun dèkèki gêndhis arèn sisiran, punika murugakên lêmês tuwin nyaèkakên sogan. Sasampunipun kaisis garing, lajêng dipun sogakakên. Pêthanipun wujud sinjang ingkang sampun dados kados gambar 2.

[Grafik]

--- 19 ---

Tiyang Manak ing Romah Sakit

Têmbung romah sakit punika tumraping tiyang siti taksih anggadhahi raos dados satunggiling papan panggenan ingkang namung sarwa damêl ajrih. Upaminipun tiyang mirêng wartos, pun Suta malêbêt dhatêng griya sakit, punika kagèting manahipun tiyang ingkang mirêng isi raos amastani pun Suta wau sakit rêkaos, dèrèng anggadhahi manah sukur, dene pun Suta lajêng malêbêt dhatêng romah sakit, badhe dipun upakara ing dhoktêr.

[Grafik]

Bayi ingkang wontên ing wadhah bayi ing romah sakit.

Ing sapunika tumraping tiyang manak, taksih wontên raos dèrèng srêg manak wontên ing romah sakit, amargi tiyang manak punika sampun limrah, dados sanès bangsaning tiyang sakit, punapaa têka malêbêt dhatêng romah sakit.

Nanging dangu-dangu, raos tuwin pangintên ingkang kados makatên wau lajêng luntur, lajêng kathah malah kenging dipun wastani umum, tiyang purun manak wontên ing romah sakit. Sawênèh wontên ingkang cariyos makatên:

[Grafik]

Sami anjithêti sandhangan bayi ingkang amoh.

Tiyang manak wontên ing romah sakit punika langkung sakeca tinimbang manak wontên ing griya piyambak. Mênggah sabab-sababipun ingkang kenging kangge têtandhingan, 1. manah sagêd sumèlèh, botên mêmikir kabêtahan ing griya, ingkang limrahipun dados têtanggêlanipun tiyang èstri. Môngka pikiran kados makatên punika prêlu sangêt ingatasipun tiyang ingkang nuju manak, wosipun pados têntrêm. 2. Pangupakara tumrap dhatêng tiyang ingkang manak, pinanggih sarwa nyêkapi, bab nêdha, tilêm,

--- 20 ---

jêjampi, rêrêsik badan, tuwin sanès-sanèsipun, pinanggih sarwa ajêg. 3. Bab pangupakaraning bayi namung sarwa mitadosi, sakecaning papan, rêsiking sandhangan tuwin ajêging panêsêpipun, ajêg pinanggih wontên ing tatanan. Cêkakipun punapa ingkang dados kabêtahanipun tiyang manak, sampun botên nguciwani.

Mila tumrap tiyang ingkang sampun mangrêtos, manak punika sakeca wontên ing romah sakit.

Rukun Putri ing Banjarmasin

Taun ingkang sampun kêpêngkêr Kajawèn sampun ngêwrat kawontênanipun pakêmpalaning para ibu ing Banjarmasin, nama: Rukun Putri, inggih punika nalika mêntas ngawontênakên pahargyan, mèngêti adêgipun pakêmpalan wau, sampun jangkêp 5 taun. Ing nalika punika katrangakên ugi, bilih Rukun Putri sampun gadhah angên-angên badhe ngêdêgakên pamulangan kangge lare èstri. Ing ngriki sapunika kula ngaturi priksa, bilih Rukun Putri sampun kalêksanan sagêd ambikak (Huishoudschool), kanthi murid 36. Pambikakipun nalika tanggal 2 Dhesèmbêr kapêngkêr. Ing sarèhning dèrèng sagêd nyewa panggenan ingkang pantês, sêkolahan wau manggèn wontên ing kamar bolah taman karukunan. Sarêng punika kula ngaturakên gambaripun para murid sêkolahan Huishoudschool "Roekoen Poeteri".

[Grafik]

Kajawi punika pakêmpalan Rukun Putri nalika tanggal 21-1-1939 mêntas ngawontênakên pilihan warga pangrèh. Dene ingkang kapilih inggih punika:

1. Wara: Tajudin, Nur, pangarsa. 2. Wara: Marsidi, mudha pangarsa. 3. Wara: Sasadara, Jatikuruma,Jatikusuma. panitra I. 4. Wara: Supanji, panitra II. 5. Wara: Seta, artaka. 6. Wara: Sali, warga rumêksa. 7 Wara: Supama, warga rumêksa. 8. Wara: Ahmad, warga rumêksa. 9 Wara: Pardimin, warga rumêksa. 10 Wara: Mangunwirana, warga rumêksa. 11 Wara: Rusuwar, warga rumêksa.

Kula Bok Yadiman.

--- 0 ---

[Iklan]

--- 0 ---

[Iklan]