Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-12, #1669

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1940, #1669
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-01, #1669. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1530.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-02, #1669. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1529.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-03, #1669. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1528.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-04, #1669. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1527.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-08, #1669 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1526.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-09, #1669. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1525.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-10, #1669 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1524.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-11, #1669. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1523.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-12, #1669. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1522.

--- 1391 ---

Ôngka 99, Sla Kli, 11 Dulkangidah Dal 1871, 10 Dhesèmbêr 1940, Taun XV.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Slasa lan Jumuwah

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 Bêtawi Sèntrêm.

SITU GUNUNG

[Grafik]

Situ Gunung punika papan asrêp ing èrèng-èrèngipun rêdi Gêdhe sacêlakipun Sukabumi, sêsawanganipun sakalangkung nêngsêmakên. Manawi nuju dintên liburan, kangge papan pangasonipun para sayah ing damêl.

--- 1392 ---

BIKAKAN PAMULANGAN LUHUR KASUSASTRAN

Kala tg. 4 December Pamulangan Luhur Kasusastran kakêcapakên opisijil, wontên ing aula Pamulangan Luhur Kukum.

Para pangagêng kathah ingkang sami angèstrèni. Satêlasing sêsorahipun Prof. Dr. Husèin Jayadiningrat tuwin Prof. Dr. Brugmans, lajêng sinambêtan sabda pambikakipun I.W.K.T.B. Gupêrnur Jendral, jawinipun makatên:

Para nyonyah-nyonyah tuwin tuwan-tuwan,

Dintên punika tumrapipun pangajaran luhur ing tanah Indiya Nedêrlan dintên wigatos. Pamulangan luhur kukum, tèhnik tuwin kadhoktêran, punapadene Bestuursacedemie tuwin college babagan kawruh têtanèn ingkang mêntas dipun wiwiti punika, samangke dipun wêwahi Faculteit der Letteren en Wijsbegeerte (Piwulangan babagan kasusastran tuwin kawicaksanaan)

[Grafik]

Prof. Dr. I.J. Brugmans, Voorzitter Faculteit der Letteren en Wijsbegeerte nalika mêdharsabda.

Tuhu mulya sêsanggêmanipun wontên ing laladaning kawruh kabudayan ingkang sakalangkung jêmbar, ingkang badhe dipun satitèkakên tuwin dipun wulangakên punika. Ingriku badhe ngambah soal-soal ing gêgêbênganing jagating manungsa ing umumipun, ananging, kakiyatanipun langkung-langkung badhe kakurbanakên kangge ngudi babad tuwin kabudayan pusakanipun bêbrayan gêsang wetanan ing nagari ngriki utawi pusaka gêgadhahanipun bêbrayan gêsang Walandi ingkang sampun sêsrawungan kalihan bêbrayan gêsang wetanan wau. Ing sasagêd-sagêd pamulangan wau sagêda dados wêwayanganing bêbrayan gêsang ingkang ngadêgakên pamulangan wau. Ingriku ugi badhe dados patêmpukaning wetan kalihan kilèn, ananging sanajan makatên pupulipun wetan kalihan kilèn wau pupul suci, langkung luhur tinimbang kalihan pupulipun ing gêsang padintênan, jêr pupulipun wontên ing gêgêbênganing kawruh ingkang sêdayanipun muhung badhe onjon-onjon sae, jalaran ingkang dipun padosi botên wontên sanès kajawi namung kanyataan.

Pangajêng-ajêngipun pamarentah ingkang kawêdharakên dhatêng Faculteit der Letteren en Wijsbegeerte, botên wontên ingkang langkung sae kêjawi namung ngajêng-ajêng, mugi pamulangan wau pangawak rencang tuwin sêsulihipun sarining gêsang tuwin kabudayan, sagêda nyunarakên cahya padhang dhatêng ing kawontênan ing sakiwa têngênipun, lan sagêd damêl padhang, njalari kula sami sumêrêp dhatêng kaendahan-kaendahan ingkang wontên ing golongan ngriki, lan inggih sagêda kula sadaya sami tular-tinular sanajana corak kalihan cengkok kula sadaya warni-warni.

Mugi-mugi para murid ingkang mangrêtos dhatêng kakandhutaning pamulangan wau, lan ingkang sampun tampi sêsêrêpan saking pamulangan wau, tumuntên sagêd angsal pandamêlan, lan kanthi kamêmpêngan tumandang gotong royong mbangun manunggiling bangsa

--- 1393 ---

ingkang langkung kêkah. Mangke manawi pamulangan punika sampun dipun dadosakên satunggal kados Universiteit, badhe tampi papan ingkang luhur, ing antawisipun sadhèrèk-sadhèrèkipun.

Pamarentah sangêt tarima kasih dhatêng ingkang sami nindakakên pakaryan awrat cêcawis adêging pamulangan punika. Wontên satunggal ingkang kenging kula sêbutakên naminipun, inggih punika Prof. Dr. I. J. Brugmans. Kalayan agênging manah kula aturakên pisan bilih lalêbêtanipun sampun dipun akêni kasêbut wontên ing bêslit dalêm Srimaharaja putri, pêpundhèn kula, sarana tuwan wau kawisudha dados Ridder in de orde van den Nederlandschen Leeuw.

Faculteit der Letteren en Wijsbegeerte kula têtêpakên sampun kabikak.

RAJA SABUN

Wontên ing pundi-pundi kita kêrêp mrêgoki reklamê sabun Sunlight. Katingalipun kados namung limrah, sami kalihan jinising sabun umbah-umbah sanèsipun. Jêbul botên. Sabun Sunlight gadhah lêlampahan mèh sami kalihan lêlampahanipun montor Ford, inggih punika lêlampahanipun tiyang botên gadhah sagêd dados tiyang sugih brèwu, tiyang kêtawur ing bêbrayan gêsang kados kêtingal mêncungul onjo piyambak, badhanipun lêlumbungan, pabrikipun agêng piyambak sajagat.

Tiyang ingkang ngantos angsal pêparab Raja Sabun wau, tiyang Inggris, nama William Hesketh Lever. Lêlampahanipun kalêbêt anèh lan luar biasa. Lairipun kala ing taun 1851, wontên ing Bolton, kalabêtkalêbêt. wêwêngkon pusêring indhustri tênun ing tanah Inggris, inggih punika laladan Lancashire.

Panggêsanganipun têtiyang ing Lancashire ingkang kathah sami nyambut damêl wontên ing pabrik tênun.

James Lever, inggih punika bapakipun William Lever, sêmunipun pancèn botên patos rêmên nyambut damêl wontên ing pabrik tênun. Anggènipun botên rêmên punika, bakunipun margi saking mangrêtos, bilih kuli pabrik punika salaminipun gêsang botên badhe sagêd malih dados tuwan pabrik. Mila lajêng milalah bikak toko alit-alitan ngladosi kabêtahanipun têtiyang ing Lancashire ngriku. Anakipun inggih botên dipun kèn nyambut damêl dhatêng pabrik. Jalaran sampun mangrêtos, manawi nyambut damêl dhatêng pabrik, sampun ingkang malih dados tuwan pabrik, sawêg mingêr dhatêng pandamêlan sanès kemawon, sampun kathah ngrêkaosipun.

Ingkang dipun anggêp prayogi piyambak, anakipun badhe dipun purih nglajêngakên pandamêlanipun, inggih punika sêsadean, William Lever sêkolahakên wontên ing pamulangan ingkang dipun tuntun ing para ngulama. Mêdal sêkolah, lajêng kapurih wontên ing griya ngrencangi sêsadean, lêlados tiyang têtumbas wontên ing toko. Kala samantên William Lever sawêg umur 16 taun, pandamêlanipun sabên dintên namung ngladosi tiyang têtumbas. Manawi pinuju sêpên, lajêng ngirisi sarta mbuntêli sabun ingkang badhe dipun êtêr-êtêrakên dhatêng lênggananipun.

Lare taksih ênèm dipun kèn nyambut damêl kados makatên, têmtu kemawon botên patos sênêng. Bapakipun mangrêtos yèn anakipun botên tlatos thênguk-thênguk ing toko, mila lajêng kapurih plêsir-plêsir, nanging plêsir nyambut damêl, botên namung sênêng-sênêng kemawon. William Laver dipun bêktani kopêr isi sabun-sabun tirahan, kapurih ngidêrakên dhatêng ing kitha-kitha tuwin dhusun-dhusun laladan Lancashire. Sabên dintên idêr sabun kanthi sênêng, margi gontas-gantos hawa, tur sumêrêp kawontênaning kitha tuwin padhusunan. Wontên lare idêr sabun punika, kathah simah-simah kuli pabrik ingkang rêmên. Jalaran botên susah mingsêd, botên cucul wragad mirunggan (kangge nênumpak), sampun sagêd angsal sabun. Saking tlatosipun, dangu-dangu kathah lênggananipun. Malah botên simah-simah kuli pabrik kemawon ingkang sami tumbas dhatêng Lever ênèm, simahipun punggawa pabrik ingkang agêng-agêng inggih sami tumut tumbas. Saminggu-minggunipun piyambakipun sagêd angsal bathi lumayan. Punika ingkang calon dados babon, nigan bêbranahan ngantos tanpa wicalan kathahipun. Anggènipun dados bakul idêr sabun punika ngantos sawatawis taun.

Umur kalih dasa taun bêbathènipun sade sabun radi kênthêl. Tiyang ingkang sagêd dados sudagar gêmblèngan, kêjawi kêdah mawi pawitan bandha sakêdhik-sakêdhik, inggih kêdah mawi pawitan enthengan, awas sarta sagêd mikir rikat, punapadene mangrêtos, bilih dêdagangan punika sagêdipun kêkah sêntosa manawi sagêd nglêgani kabêtahanipun tiyang kathah ingkang saèstu. Kêdah mangrêtos, bilih tiyang ingkang badhe têtumbas punika mripatipun sèwu, wênang nampik milih, sarêng ingkang sade mripatipun namung satunggal, inggih punika ingkang dipun pindêng namung pajênging daganganipun.

Lever ênèm anggènipun sêkolah bab dêdagangan namung sarana praktik. Salêbêtipun sêsrawungan kalihan tiyang warni-warni, lajêng mangrêtos wêwadosing dêdagangan. Manawi wontên wêwêngan sae, kêdah tumuntên dipun tandangi. Dipun awe, kêdah enggal-enggal dhatêng. Pangrêtos makatên punika lumêbêt saèstu dhatêng manahipun Lever ênèm. Nalika wontên ing Wigan, sumêrêp wontên toko bumbon crakèn sampun mèh jatuh, badhe dipun liyêrakên kanthi rêgi mirah. Lever ngungak kanthongipun, kêdugi sagêd ngliyêr, lan inggih kêdugi sagêd

--- 1394 ---

nggêsangakên toko wau. Toko bumbon crakèn tumuntên dipun liyêr, Lever dados tuwan toko kados bapakipun. Dipun cêpêng Lever, toko wiwit gêsang malih, nanging mêksa dèrèng adamêl marêming manahipun. Salêbêtipun nyêpêng toko, ingkang dipun impi-impi namung saêbab, inggih punika kadospundi anggènipun sagêd sadhe langkung mirah tinimbang toko sanès-sanèsipun. Pangalamanipun nalika taksih idêr-idêr dipun cakakên malih. Tumrap tiyang dêdagangan, ugêr sangêt nyuda panjanging margi utawi wêkdal saking papan pandamêlipun dhatêng papanipun tiyang ingkang ngangge, mêsthi sagêd langkung mirah tinimbang sanèsipun. Dagangan bumbon crakèn, têrang botên sagêd dipun damêl makatên, manawi botên mawi kapital agêng. Dene ingkang sagêd dipun bandhani alit-alitan, mawi nyuda wêkdal lan nyuda margi, inggih punika damêl sabun. Lever lajêng nyobi damêl pabrik sabun alit-alitan cêlak kalihan tokonipun. Sadaya dipun tandangi tangan, botên wontên ingkang mawi lampah mêsin. Pangalamanipun bab damêl sabun dipun cakakên, mila sagêd damêl sabun ingkang botên nguciwani. Lampahipun panyadenipun mênang cêlak lan mênang rikat kalihan sabun wêdalan kitha sanèsipun, mila rêginipun radi langkung mirah.

Nalika taksih idêr-idêr Lever angsal pangalaman, bilih tiyang tumbas sabun punika, sanajan namung sabun kumbahan, mêksa rêmên ingkang rêsik tur nècis. Mila panyadenipun inggih dipun buntêl nècis, kaangkah-angkah sangêt sagêda dipun rêmêni tiyang kathah. Kangelanipun Lever botên muspra. Daganganipun sabun majêng saèstu, malah lajêng agêng tinimbang kalihan bapakipun.

Dumugining umur tigang dasa taun, William Lever sampun dados sudagar sabun, ingkang radi katingal. Miturut pêpetanganipun, manawi namung ngêndêlakên pamêdaling sabun thok, botên badhe sagêd mindhak agêng rêrikatan. Makatên ugi manawi nrimah nggrêmêt dagang alit, dangu sagêdipun dados. Mila lajêng nekad nyobi ngambah dagang agêng, nyambi ndhatêngakên tigan kalihan mêrtega saking ing Irland, kasade dhatêng laladan Lancashire. Bathinipun gêmèndhêl. Punika têrus dipun angge pabrikipun sabun. Sadhèrèkipun jalêr, inggih punika James Darcy Lever tumuntên dipun gèrèd dipun jak têmbayatan nyambut damêl. Ing taun 1885 sagêd ngliyêr pabrik sabun ing Warrington. Wiwit punika, Lever sasêdhèrèkipun lajêng namung mligi nindakakên pakaryan damêl sabun, botên nyambi dagangan sanès-sanèsipun.

Salugunipun, ingkang njalari mumbulipun Lever punika kathah sangêt. Kêjawi pancèn gadhah dhasar sagêd damêl organisasi, lan sabunipun pancèn sae, ugi margi sagêdipun "reklame". Kacariyos sami-sami sudagar agêng ing Eropah, ingkang ngrumiyini mangrêtos saèstu dhatêng paedahipun "reklame" punika William Lever. Mila bab reklame punika inggih dipun parsudi saèstu, kaangkah-angkah ngantos sagêd narik saèstu dhatêng kawigatosanipun tiyang kathah.

Wontên ing pabrik ing Warrington, Lever sagêd damêl sabun jinis enggal. Punika ingkang badhe dipun angge nyabuni panganggenipun tiyang satanah Inggris. Rekanipun kados pundi? Sabun wau kêdah kasumêrêpan ing kathah, sarana damêl reklame agêng-agêngan. Namung anggènipun ngrèklamèkakên sabunipun inggih kanthi dipun sinau rumiyin. Sapisan bab nama. Punika kaangkah ingkang cêkak, gampil dipun emut-emut lan gampil dipun ucapakên, sarta narik mêmanahanipun tiyang kathah. Tanah Inggris kêrêp wontên pêdhut. Sabên tiyang sami ngantu-antu kêpengin sumêrêp soroting srêngenge, awit saking bunêgipun. Nocogi pêpenginanipun tiyang kathah wau, sabunipun Lever lajêng dipun namakakên "Sunlight Soap" (Sabun padhanging srêngenge). Nama sunlight punika tumrapipun tiyang Inggris gadhah daya panarik agêng, tur gampil dipun èngêt-èngêt. Mila sarêng sampun dipun reklamèkakên namaning sabun wau gampil tumular kasumurêpankasumêrêpan. tiyang kathah, satêmah lajêng "angsal nama". Sabên tiyang sumêrêp lan mangrêtos.

Anggènipun mbucal rèklamê, angsal damêl. Sawêg tigang taun, pabrikipun ing Warrington lajêng kalitên awit saking kathahipun sabun ingkang dipun damêl. Mila lajêng tumbas pasitèn wontên ing Liverpool cakêt sungapanipun lèpèn Mersey. Papan wau lajêng dipun dêgi pabrik dalah griya-griyanipun para punggawa, mila lajêng dados kitha sabun, katêlah nama "Port Sunlight". (Wontên lajêngipun)

MILU NYAWANG

[Grafik]

Èstri : Mbok mlaku kuwi aja ngèri ngono, ta, mas!

Jalêr : "Bok wis, ayo tak dhèrèkake."

Èstri : "Ana kae rak yo saru."

Jalêr : "Witikna apa sing kon nyawang ki mung wong-wong liya bae, aku pênging ngingêtake."

Èstri : "Rupamu"

--- 1395 ---

[Iklan]

--- 1396 ---

HYGIENE MANTRI SCHOOL ING BANYUMAS

Piridan andharanipun A. Sayudi wontên ing P. P.

Kados sampun kasumêrêpan utawi kamirêngakên bilih kitha Banyumas punika satunggiling kitha ingkang sêpên. Nalika taksih dipun lênggahi residhèn utawi bupati, kitha wau sampun sêpên, saya sarêng namung dados kitha dhistrik, kados sapunika.

Wontênipun kitha ngriku punika sêpên tuwin botên katingal majêng, jalaran botên katrajang ing margi sêpur, dados sêsambêtanipun kalihan kitha sanès namung kalihan têtumpakan sanès, kadosta auto, autobus tuwin vrachtauto. Sanadyan lampahing sêrat pos pisan inggih kêpêksa namung kabêkta ing autobus. Ewasamantên kitha wau inggih wontên kamisuwuranipun, saking kawontênaning bathik wêdalan ingriku, malah dadosipun padagangan katingal rame.

Sintên ingkang dhatêng ing kitha Banyumas tamtu kapengin nyumêrêpi kawontênanipun, amargi hawanipun sakeca, kathah griya-griya ingkang gagrag lami, makatên ugi kathah marginipun simpangan. Sintên ingkang ngadêg wontên sangajênging dalêm kabupatèn, ingkang sapunika kawêdanan, manawi nyawang mangidul, katingal wontên gêdhong agêng.

[Grafik]

Gêdhong sêkolahan H.M.S. ing Banyumas.

Gêdhong wau tilas dalêm karesidhenan. Ing sapunika kadadosakên kantor D.R.G.D. (Demotratie-Regenstchap-Gezondheish-Dienst) gadhahipun D.V.G. (Dienst der Volks-Gezondheid), ugi dipun angge sêkolahan Mantri Kasarasan, inggih ingkang dipun wastani "Hygiëne Mantri School" (H.M.S.).

Ing bab wontênipun pamulangan wau kados pêrlu dipun wartosakên wontên ingriki, awit pêrlu saha wigatos sangêt dipun sumêrêpi ing umum ngantos cêtha, makatên malih, tumrap saindêngipun Indonesia, wontênipun inggih sawêg satunggal punika.

Miturut katrangan, adêging pamulangan wau kala ing tanggal 1 April 1936, wontên ing Purwokêrto. Ing ngadani panjênênganipun Dr. R.M. Suharjo (sapunika sampun tilar donya), dipun bantu ing dhoktêr wanita, Dr. Sapartinah. Adêging pamulangan wau saking pambudidayanipun Dienst de Volks-Gezondheid ing Bêtawi-Centrum.

Ing sakawit ingkang katampèn malêbêt dados murid wontên 25, jalêr èstri, sadaya sami asli saking laladan Purwokêrto. Lêt tigang wulan dipun dhatêngi murid-murid saking sanès panggenan, salajêngipun saya wêwah-wêwah saha katingal ajêngipun.

Ing salêbêtipun taun 1936 wau pamulangan kapindhah dhatêng Banyumas.

[Grafik]

Murid-murid H.M.S. nuju sinau rongkonganing manungsa.

[Grafik]

Murid H.M.S. nyinau mutêr film propaganda kasarasan tumraping rayat.

Ingkang katampèn dados murid ingriku, ngêmungakên para neneman Indonesia jalêr èstri. Apêsipun kêdah wêdalan pamulangan angka II, Vervolgschool, Schakelschool, H.I.S. sasaminipun.

Para murid wau dipun wulang dados "Hygiëne Mantri" inggih "Mantri Kasarasan". Padamêlan mantri kasarasan punika anggêgulang rayat murih sumêrêp dhatêng kasarasan, nanggulangi sêsakit, rumêksa badan murih sêgêr kasarasan sapanunggalanipun. Murid-murid wau kawulang praktijk tuwin theorie. Ing sakawit,

--- 1397 ---

sasampunipun katampèn, kawulang praktijk, inggih punika mlêbêt mêdal dhusun-dhusun ingkang sampun dipun têdahakên. Para murid wau suka katrangan dhatêng para rayat dhusun. Tumindaking wontên ingkang nuntuni. Danguning praktijk sakawit 3 wulan, salajêngipun sami dipun wulang theorie, laminipun ugi 3 wulan. Kados makatên punika tumindak wongsal-wangsul ngantos 18 wulan.

[Grafik]

Murid-murid H.M.S. jalêr èstri wontên ing papan ulahraga.

Kajawi punika dipun sukani wanci kangge maos sêrat-sêrat kabar, buku-buku, ulahraga, sinau gêndhing sasaminipun.

Inginggil sampun kapratelakakên, manawi sampun tamat pasinaonipun, lajêng kadadosakên mantri kasarasan. Padamêlan mantri kasarasan punika pancèn pêrlu kawontênakên.

Anjagi kasaraning rayat punika botên cêkap namung nyukani jampi dhatêng tiyang sakit kemawon, tiyang ingkang kasarasan inggih kêdah dipun sukani katrangan ing bab rumêksaning badanipun, supados tinêbihan ing sêsakit.

Pancèn nyata nyukani katrangan dhatêng rayat limrah utawi têtiyang dhusun, punika pancèn rêkaos. Ewasamantên, manawi dipun tindakakên ugi katingal pikantukipun.

Kala tanggal 1 Januari 1937 pamulangan H.M.S. nampèni murid 10, murid 10 wau sampun sami dados mantri D (emontratie) G (ezondheid) D (ienst) Banyumas, inggih punika onderbouw (peranganipun ngandhap) D.R.G.D. wau.

Ing sapunika D.R.G.D. dalah H.M.S. wau sampun dados gadhahanipun D.V.G., ing pangintên badhe langkung majêng.

Hygiene mantri ingkang sampun tamat saking pasinaon ing H.M.S. tamtu langkung sagêd nyambutdamêl, awit wiwit dados leerling sampun kulina kalihan rayat dhusun. Makatên ugi wiwit malêbêt sinau, inggih dipun ajar gêsang "cara dhusun", inggih punika sarana kawontênakên wulangan praktijk wau. Ing sapunika ingkang dados pangajênging D.R.G.D. tuwin H.M.S. v/d D.V.G. Dr. Sumêdi, satunggiling dhoktêr pribumi ingkang sampun nate njêmbarakên pasinaon dhatêng Philippina.

Sukur dene ing sapunika sampun wontên pintên-pintên regentschap tuwin landschap ing pundi-pundi, ingkang ngintunakên para neneman sinau dhatêng H.M.S. Ing têmbenipun tamtu dipun angkat ing damêl dening regentschap utawi landschap ingkang ngintunakên wau.

Ingriki inggih pêrlu kapratêlakakên, bilih Hygiene Mantri School punika ugi sampun nate nampèni murid-murid saking Bali, Sumatra, Borneo, Makasar tuwin sanès-sanèsipun. Makatên ugi, pamulangan punika saya kathah ingkang migatosakên. Punika nitik saking rawuhipun para pangagêng ingriku. Dèrèng dangu ugi dipun rawuhi tuwan Gupêrnur Jawi Têngah, malah ugi nate dipun rawuhi K.T.I. Wicaksana.

[Grafik]

Tuwan R. Sumêdi, Ind. Arts panuntun D.R.G.D. punapadene H.M.S.

Ing pangajêng-ajêng mugi adêging H.M.S. punika sagêda kasêmbadan punapa ingkang dados idham-idhamanipun, inggih punika nggêgulang rayat supados ngêrtos dhatêng kasarasan.

____________________

BAB BUKU

Rêdhaksi Kajawèn sampun nampèni buku "Gezonde voeding" saking J.B. Wolters, Uitgevers Maatschappij N.V., Batavia-Centrum. Buku wau ngandharakên ing bab têdha ingkang maedahi.

Ugi tampi buku "Kent het gevaar" saking Noordhoff Kolff, Batavia-Centrum. Buku wau ngandharakên ing bab panjagi ing samangsa wontên bêbaya saking gêgana.

Sadaya sami basa Walandi.

Rêdhaksi Kajawèn ngaturakên gênging panuwun.

____________________

ISINIPUN : Situ Gunung - Bikakan Pamulangan Luhur Kasusastran - Raja sabun - Hygiene Mantri School ing Banyumas - Kawruh bathik warni-warni - Kawontênan ing mangsa pêrang - Kitha padagangan - Babad minggon - Kabar warni-warni - Waosan.

--- 1398 ---

Kawruh Bathik Warni-warni

(Sambêtipun K. No. 95)

Pandamêlipun sari gamping kados ing ngandhap punika:

Gamping 1 kati dipun toyani 2 blèg (40 l.) lajêng kaudhêk, kacêmplungan jur-juran gêndhis klapa 1 tangkêp, ugi kaudhêk. Manawi sampun mênêb, lajêng barang ingkang sampun kasoga wau kacêlup dhatêng bêninganipun sari gamping punika. Caranipun nyêlup kados ing ngajêng. Manawi sampun lajêng kaklumbrukakên mawi dipun udhal-udhal wontên siti, utawi wontên mêstèr mawi kalambaran kepang utawi barang sanèsipun, supados botên rêgêd. Manawi toya sari wau sampun sami rumêsêp, lajêng dipun cêlup dhatêng toya tawas kacampuran gêndhis.

Pandamêlipun toya tawas kados ing ngandhap punika:

Tawas 1/4 kati, gêndhis batu 1/8 kati dipun toyani 1 1/2 blèg (30 l.).

Kagodhog ngantos umob sêpuh. Manawi sampun asrêp, lajêng barang ingkang sampun dipun sari gamping wau lajêng dipun girah kalihan toya tawas campuran gêndhis wau kanthi kaulêt-ulêt ngantos waradin. Manawi sampun lajêng dipun sampirakên wontên gawangan. Manawi sampun atus lajêng dipun cêlup toya limrah, lajêng kakêbyok (kagodhog). Manawi lilin sampun rêsik, lajêng dipun cêlup dhatêng toya asrêp têrus kagirah rêsik. Toya ingkang kangge nggirah wau mawi kacampuran tawas, kathahipun tawas ngantos raos kêcut mônda-mônda. Punika sampun dados sinjang babaran.

Anggodhog soga kangge babaran Banyumas kasaran:

Tingi 100 kati, soga (jambal) 10 kati.

Kagodhog dipun toyani 7 blèg (140 l.) panggodhogipun ingkang ngantos umob sêpuh, kakantunakên 5 blèg (100 l.). Panggodhogipun 4 rambahan, lajêng dipun lêrêmakên kados ing ngajêng. Manawi sampun, barang wau dipun cêlup 4 utawi 5 rambahan, ugi dipun ênyêt-ênyêt kados ingkang sampun, lajêng kasampirakên dhatêng gawangan. Manawi sampun lajêng dipun sari gamping.

Pandamêlipun sari gamping kados ing ngandhap punika:

Gamping 1 kati dipun toyani 2 blèg (40 l.), kaudhêk lajêng kacêmplungan jur-juran gêndhis klapa 1 tangkêp ugi kaudhêk ngantos campur. Manawi sampun mênêp, barang ingkang sampun kasoga wau lajêng kacêlup dhatêng bêninganipun toya sari gamping wau, ugi dipun ênyêt-ênyêt.

Manawi toya sari gamping wau sampun katingal sami rumêsêp, lajêng kagêlar ing siti utawi mêstèr mawi dipun lambari kepang utawi sanès-sanèsipun, supados botên rêgêd. Manawi sampun lajêng kajèrèng dhatêng papan pamepean. Manawi sampun atus, lajêng kacêlup soga sapisan, lajêng kajèrèng ing papan pamepean ngantos garing. Manawi sampun lajêng dipun sari gamping.

Dene pandamêlipun sari gamping kados ing ngandhap punika:

Ampas lungsuran sari gamping ingkang mêntas kangge wau dipun jogi toya 1 blèg (20 l.) lajêng kaudhêk sarta kacêmplungan gêndhis klapa 1 lirang (sapalih tangkêp) ugi kaudhêk. Manawi sampun mênêb, lajêng barang ingkang mêntas kasoga wau dipun cêlup dhatêng bêninganipun toya gamping punika, ugi dipun ênyêt-ênyêt ngantos waradin. Manawi sampun lajêng kagirah toya kacampur tawas.

Pandamêlipun toya tawas kados ing ngandhap punika:

tawas 1/4 kati dipun toyani 1 1/2 blèg (30 l.). Manawi sampun lajêng dipun sari gamping.

Pandamêlipun sari gamping kados ing ngandhap punika:

Gamping 1 kati dipun toyani 2 blèg (40 l.) sarta lajêng kaudhêk, lajêng kacêmplungan jur-juran gêndhis klapa 1 tangkêp, ugi lajêng kaudhêk. Manawi sampun mênêb, barang ingkang sampun kasoga wau lajêng kaêclupkacêlup. dhatêng bêninganipun toya sari gamping wau, ugi dipun ênyêt-ênyêt. Manawi toya sari wau katingal sami rumêsêp, lajêng kaêntas kagêlar ing siti utawi dhatêng mêstèr, dipun lambari kepang utawi sanès-sanèsipun supados botên rêgêd. Manawi sampun lajêng kajèrèng dhatêng papan pamepean. Manawi sampun atus, lajêng kacêlup soga sapisan, lajêng kajèrèng ing papan pamepean ngantos garing. Manawi sampun lajêng dipun sari gamping.

Pandamêlipun sari gamping kados ing ngandhap punika:

Ampas lungsuranipun sari gamping ingkang mêntas kangge wau dipun jogi toya 1 blèg (20 l.) lajêng kaudhêk sarta kacêmplungan gêndhis klapa 1/2 tangkêp ugi dipun udhêk. Manawi sampun mênêb, lajêng barang ingkang mêntas kasoga wau lajêng dipun cêlup dhatêng bêninganipun toya gamping punika, ugi dipun ênyêt-ênyêt ngantos waradin. Manawi sampun lajêng kagirah toya kacampur tawas. (wontên lajêngipun)

JAYÈNGWIGNYA, Ngayogya.

PAWARTOS REDACTIE

Lêngganan No. 1601.

Wetboek van Strafrecht (Kitab Undang-undang hukuman), basa Walandi dipun sisihi basa Mêlayu, ingkang basa Jawi dèrèng wontên. Wêdalan Bale Pustaka, rêgi f 2.50. Wragad ngintunakên Bale Pustaka ingkang nyanggi, sok ugi artanipun dipun kintunakên rumiyin.

Buku wau sampun dipun cap kaping kalih wêlas, pranatan ingkang enggal-enggal sampun kalêbêt sadaya, dados inggih sagêd nyêkapi kapêrluan.

--- 1399 ---

Kawontênan ing mangsa pêrangan.

[Grafik]

Griya sakit lare-lare ing London, kadhawahan bom. Dados tandha siyaning dhatêng sêsami.

[Grafik]

Wanita Ierland nandhang tatu ing rai.

[Grafik]

Sri Nata Inggris mriksani gêdhong-gêdhong ingkang rêmuk.

[Grafik]

Griya sakit ing Kent karisak ing mêngsah, ingkang mujudakên adamêl tabêt tindak awon tuwin angkara.

--- 1400 ---

Kitha Padagangan

Dhimas Petruk.

Saka Pakalongan aku têrus anggêblas nyang Sêmarang. Têkan kono jam pitu sore. Romantis bangêt. Ora romantis kaya pêmudha lan pêmudhi ing crita roman, ning romantis mungguhing pasawangan, cêkak aos nêngsêmakên. Bêbètènging kutha Sêmarang kang kidul, yaiku pagumukan candhi, yèn disawang saka kutha Sêmarang, nglamlami bangêt. Omah-omah gêdhong lan pilah-pilah omahe para tuwan-tuwan hartawan, ketok pating trèmplèk ana ing lambunging gunung, kaya kêkêmbangan katèmplèkake ing babud ijo pupus. Ing wayah bêngi diyane pating karêlip pating galêbyar, kaya lintang abyor ing tawang. Wêruh pasawangan kaya mêngkono mau, atiku mêksa krasa mak cês, sêngsêm bangêt, lan romantis bangêt. Rasaning ati kaya sênaring rêbab disênggrèng, ngêng-ngêng-ngêng nuwuhake swara lirih nglangut, ngrêringih ngêngayut ati, kaya pangêliking geisa Jêpang utawa: ya-mas-ya-mase bok mas pasindhèn ing S.R.V., Sri utawi Mavrow.

Yèn diwalik, yaiku kutha Sêmarang didêlêng saka ing candhi, awan bêngi padha endahe. Yèn bêngi, kutha Sêmarang ketok abyor pating karêlip kaya konang yutan nêba ing pasawahan. Yèn awan, katon kaya babut gumêlar tinatanan ing corak warna-warna, pêpetakan. Loji-loji katon putih campur abang. Pakampungane katon irêng gêgrombolan pating dlêmok. Wit-witane katon ijo maya-maya. Dalan-dalane lêncêng-lêncêng pating dlarèh, katon putih kaya wilahan sêlaka tinata gêgancêngan têtrajangan. Ing têmbing lor, sagara Jawa, katon kaya kaca kristal sêmu biru, kasorotan srêngenge pating kalêpyur ambalèkake cahya, kaya gumêbyaring intên barleyan.

Kutha Sêmarang klêbu dadi kutha padagangan kang gêdhe dhewe saêrad Jawa Têngah. Ing kono dadi gêlanggange wong adu kabêgjan, adu kasrêgêpan, adu ubêd. Mulane anggêr aku têkan ing Sêmarang, mêsthi kêdayan ing sêmangat pasudagaran. Ramening palabuhan, grêngsênging toko-toko lan kantor-kantor dagang, bisa awèh suntik panggugah mênyang wong-wong kang pancèn duwe sêmangat dagang. Ana ing kono bisa marahi yakin têmênan, yèn kaum têngahan -Middenstand- iku pancèn dadi kuwat-kuwating kêrta arjaning kutha, sumarambahe marang nagara.

--- 1401 ---

Ana ing Sêmarang têpunganku akèh tur warna-warna bangêt. Cêkake, yèn mung ana ing Sêmarang bae, saupama aku nekad ora sêsangu, ora bakal kapiran. Malah nèk gêlêm amblubud bisa ambrêkat suguhan.

Wong lêlungan padha karo sêkolah. Sadalan-dalan akèh guru, kang bisa awèh wêjangan ngèlmu warna-warna, wiwit ngèlmune wong golèk dhuwit ngantèk têkan ngèlmune wong golèk swarga utawa nraka. Ana ing Sêmarang olèh wêjangan prakara ngèlmu tekad bab golèk bôndha, utawa ngèlmune wong kêpengin sugih.

Maune aku tansah kêthukulan pitakonan sajroning ati. Sabab apa sadulur-sadulur Tionghwa akèh kang bisa mulya-mulya. Sabab apa bang-bang kang gêdhe padha gêlêm ngapitali sudagar-sudagar Tionghwa. Sabab apa... sabab apa... sabab apa... mêngkono sabanjure.

Ana ing Sêmarang aku olèh wêwêngan. Mungguha cangkriman mêngkono olèh batangan. Êmbuh bênêr, êmbuh luput, môngsa bodhoa kono. Ning saka rumangsaku batangan mau wis rada mèmpêr. Sing mêjang aku kuwi, mitraku sudagar Tionghwa sing wis sugih pangalaman. Dadi kandhane ora mung wêwaton jare-jarene, ning uwis lambaran pangalamane dhewe, kayakinane dhewe. Panêmune sudagar mau cêkak aos mêngkene. Bêgja cilakane manungsa, kêjaba nêmahi lêlakon bangsaning kodrat upamane kêbrukan wit asêm, kêtunjang montor kêblabakan sapiturute, sing nomêr siji purba wisesa mênyang awake dhewe. Sakabèhing manungsa, êmbuh jinising caklipa, êmbuh jinising kêsuma, padha duwe utawa pinaringan uthut -kans- bisa cilaka ngêpok utawa mulya mêncit. Lêlakoning manungsa sing wis gênah bangêt, yaiku mung kang wis dilakoni lan kang lagi dilakoni. Dene prakara ing têmbe buri kêjaba ihnile, isih durung karuwan, isih samar, isih êmbuh, lan isih wallahu alam bisawab nastaini billahi alla. Sanajan samubarang kang ketoke kaya wis mêsthi, wis mêsthi ngene, mêsthi ngono, mêksa isih bisa mlèsèd.

Rèhne lêlakon ing têmbe buri iku isih êmbuh, mulane sanajana wis amblêg pisan, wis koprot pisan, wis dadi sontoloyo pisan, isih kudu duwe pandêlêngan padhang, kudu duwe tekad wani adu bêgja. Yèn wis ngêcakake tekad, tog-togane mêsthi ana rong warna, UP (mumbul) utawa DOWN (amblêg). Yèn kêlakon UP iya Up têmênan. DOWN iya DOWN têmênan. Dene kang ora duwe tekad, alias kang ajêg gojag-gajêg, ajêg paro-paro, ajêg mônggamara, ora bisa UP ning bisa

--- 1402 ---

DOWN. Utawa iya mung ajêg. Ora mumbul ora amblêg, alias urip têrus-mênêrus ênggrak-ênggrik dadi ênyek-ênyekan ngalor ngidul.

Beda karo wong kang duwe tekad. Tog-togane mêsthi têkan ênggon. Contone akèh bangêt. Ing nagara kene ana wong kayah rayah, dadi tuwan bêsar pabrik rokok, dhuwite nèk diijolake sèn prasasat kêna kanggo ngurugi supitan Sundha. Bôndha sarta kamulyane mau dadine mung marga saka panggawene kangjêng kyai tekad, yaiku nekad, wani golèk têgêsan turut lurung. Sabên dina wiwit byar têkan rêp, ongkot-ongkot mikul tenggok gêdhe golèk têgêsan. Têmbakone dijupuki, diudhari, dipepe, lan dicampur-campur, dilinting manèh dadi rokok murah-murahan, banjur diêdol. Mêsthi bae rasane iya ana sing anglêr bangêt, lha wong ana têgêsane rokok, Abdulaphan Kairo, Truk. Marga saka ênggone ngolak-alik têgêsan mau, banjur bisa ngrêti rusiane nyampur têmbako, têmahane lêt sawatara taun wis bisa ngêdêgake panglintingan rokok, mundhak-mundhak, nganti dadi pabrik gêdhêm bangêt. Lho, kaya mêngkono, Truk piwalêse kangjêng kyai tekad.

Kosok-baline, tekad mau iya marahi bisa amblêg ngantèk 1500 grad sangisore nul. Akèh wong kang maris tinggalan sarta kamulyane wong tuwane, banjur kencokan kyagêng tekad, ning tekad ngajak cilaka. Sabên dina jur mung ngêmatake uripe, nutug-nutugake kamuktène, main pèi, uyon-uyon nyandhing pasindhèn, sêlir-sêliran, ensopurêt. Têmahane durung nganti limang taun bandhane f. 50.000, ilang angkane lima, mung kari ênule. Môngka ênul iku sanajana jèntrèk-jèntrèk saka Mêrak têkan Banyuwangi, têtêp ora ana ajine, kambi saprayutan êndhil bae kalah.

Wosing uwis, tumraping wong urip kudu duwe tekad. Mêsthi bae tekad mau bêcik dhewe tekad kang ngajak utawa nênuntun marang kamulyan donya ngakerat.

Tekad sing mitayani dhewe tekad jawa sadurunge diwalik, bokmanawa kowe rada bingung, Truk. Jawa kuwi ana sing ngerata têgêse: nguja hawa. Dadi tekad jawa kang atêgês nguja hawa, wis gênah ora têgês. Beda karo dhèk durung diwalik. Jawa nèk durung diwalik muni: waja. Dadi tekad jawa, nèk durung kêwalik pancène, atêgês tekad waja, tekad sing sêntosa bangêt kae.

Uwis, Truk, uwis, mundhak ngômbra-ômbra tanpa tônja.

--- 1403 ---

BABAD MINGGON

2 - 8 December

Sakiwa-têngênipun Tiongkok.

Kala tanggal 30 November Wang-Ching-Wei kalihan Abe, sami nandhatangani prajanjian pamitran, kanthi pasamuwan agêng-agêngan wontên ing Nanking. Rêricikaning prajanjian botên kasumêrêpan têrang, namung mirid wiraosing katêranganipun kantor pakabaran Domei kalihan pamarentah Tokyo, sampun têrang bilih margi wontêning prajanjian wau, Tiongkok (paprentahanipun Wang) katêtêpakên dados prabot lampahing pulitik tuwin ekonomi Jêpang, mèh sami kemawon kalihan adêgipun nagari Manchukuo. Pamarentah Nanking dipun akêni sah-de-Facte Ian de-jure - kalihan Jêpang. Kosok wangsulipun pamarentah Nanking inggih ngakêni sah dhatêng adêgipun nagari Manchukuo, atêgês sampun ngrilakakên laladanipun dados patêbaning panguwaos Jêpang. Tiongkok tampi kasagahan, samangsa kawontênaning nagari sampun pulih têntrêm, prajurit Jêpang ing Tiongkok badhe kaundurakên. Namung miturut artikêl 5 ing prajanjian wau, prajurit lautan tuwin baita-baita pêrang Jêpang salaminipun taksih prêlu kenging mlanggrok wontên ing laladan Tiongkok. Ing bab ekonomi, Tiongkok kalêbêtakên ing blok ekonomi Asia wetan (Jêpang-Manchukuo-Tiongkok), dados kadadosakên rodha ingkang badhe nglampahakên ekonominipun Jêpang ingkang mawi dhêdasar autarkie (kabêtahanpunkabêtahanipun. ing bab guru bakal dipun sampêdi piyambak, botên gumantung ing nagari sanès). Rèhning pangaribawanipun Jêpang wontên ing Asia-wetan punika ugi cêngkah kalihan Ruslan, mila wontên ing prajanjian wau ugi kacêthakakên pisan, bilih Tiongkok enggal (paprentahanpunpaprentahanipun. Wang) kalihan Jêpang saekapraya nêdya nyirnakakên pangaribawanipun Komintern saking ing Asia wetan.

Margi wontêning prajanjian Nanking-Jêpang, ing Tiongkok lajêng wontên pamarentah kalih, inggih punika pamarentah Chungking (Chiang Kai Shek) kalihan pamarentah Nanking (Wang Ching Wei), ingkang sawêg dipun akêni Jêpang kalihan Manchukuo thok.

Wontên ing jagat intêrnasional, pamarentah kados adêgipun pamarentah Nanking punika taksih dipun wastani pamarentah bonekah (marionetten regeering) jalaran pêjah gêsangipun taksih kapurba wisesa ing panguwaosing nagari sanès. Malah sanajana sampun wontên nagari sawatawis ingkang sami ngakêni sah, manawi ing nagari ngriku taksih wontên pamarentah ingkang absah sarta taksih sagêd nindakakên kuwajibanipun, pamarentah enggal wau wontên ing mripat intêrnasional inggih taksih dipun anggêp pamarentah bonekah. Upaminipun Manchukuo, sampun dipun akêni sah dhatêng mitra-mitranipun Jêpang inggih punika Salvador, Slawakie, Hongarie, Spanye, Italie, Jerman, Japan, Rumenie, namung taksih kaanggêp pamarentah bonekah, jalaran taksih wontên pamarentah Tiongkok ingkang baku sarta sagêd nindakakên kuwajibanipun inggih punika pamarentah Chungking.

[Grafik]

Nitik katêranganipun Chiang Kai Shek tuwin Dr. Wang Chung Hui (nayaka sajawining praja Tiongkok) kala tg. 2 December, sampun têrang bilih jumêdhulipun pamarentah Nanking wau botên badhe nyuda kamêngpênganipun pamarentah Chungking. Prajanjian Nanking-Jêpang namung dipun anggêp dlancang tanpa têgês. Dene Wang Ching Wei, ingkang sapunikanipun dados presidhèn pamarentah Nanking, namung dipun cap tiyang ingkang nandukakên cidra agêng dhatêng nagarinipun :

Margi saking adêgipun pamarentah Nanking punika, pamarentah Chungking badhe ngalami lêlampahan ingkang nyêrês, inggih punika kêpêksa tarung kalihan bangsanipun piyambak. Namung, miturut katêranganipun Dr. Wang Chung Hui, inggih kadospundi kemawon dadosipun, Tiongkok taksih têtêp nêdya nduwa pangêsukipun Jêpang.

Kakiyatanipun Tiongkok punika kêjawi saking nagarinipun piyambak, ugi saking pambiyantunipun Inggris, Amerika tuwin Ruslan. Miturut ungêling wartos-wartos ing salêbêtipun minggu wingi Amerika katingal saya mêmpêng anggènipun mitulungi Tiongkok, ingkang têrang sampun purun nyukani sambutan 100 yuta dolar, prêlu kangge mêpakakên dêdamêl tuwin kabêtahanipun Tiongkok sanès-sanèsipun. Pitulunganipun Inggris inggih taksih ajêg lumintu. Makatên ugi Ruslan, sanajana sampun wontên kabar angin warni-warni bilih Ruslan kalihan Jê-Dilanjutkan pada hlm. 1404 setelah tanda garis.

--- 1404 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking sêrat-sêtat kabar sanès.

TANAH NGRIKI.

Residhèn Banyumas pènsiyun. Miturut pawartos opisil, wiwit benjing tanggal 29 wulan December punika, Mr. J.A. Ruys, residhèn ing Banyumas, kèndêl kalayan hurmat saking panyuwunipun piyambak, kanthi angsal tarima kasih saking parentah.

Ingkang Bupati Dêmak badhe tindak Lampumg. Wontên wartos, ingkang Bupati Dêmak R. A.A. Tirtokusumo, badhe tindak dhatêng papan paboyongan ing Lampung, dipun dhèrèkakên asistèn-wêdana sawatawis tuwin lurah-Iurah dhusun. Pêrlunipun badhe nyatakakên kawontênanipun ing papan paboyongan.

Pamulangan Luhur Pangadilan. LuIus candidaatsexamen perangan kalih, R. Sumarsono Pringgodirêjo.

Kasangsaran ing sêgantên. Kala tanggal 28 November kêpêngkêr, wontên baita Bugis layaran ngambah ing sêgantên ingkang dados wêwêngkon awisan, ing sêgantên Jawi supitan Madura. Ingriku baita wau numbuk bom kambang, baita rêmuk babarpisan, tiyangipun sadaya wontên 9, tiwas 8.

Kintunan pisang dhatêng Banyuwangi suda. Kintunan pisang Ambon saking Banyuwangi dhatêng Australie sabên kalih minggu sapisan taksih ajêg tumindak, ngantos pintên-pintên èwu pêthi. Nanging sarêng mangsa têrangan punika kathah ingkang kirang sae, ugi njalari sudaning kintunan.

Stadswacht ing Têgal. Kintên-kintên ing Têgal tumuntên wontên Stadswacht. Tumrap para pulisi pambantu sagêd ugi kacalonakên dados baris pajagên kitha. Dêdamêlipun prasaja kemawon, tanpa têtumpakan motor.

Nyambêt ril S.S. Kawartosakên, S.S. anggèning nyambêt ril saking Surabaya dhatêng Tarik sampun mèh rampung. Sasampunipun punika lajêng nglajêngakên nyambêt ril saking Tarik dhatêng Solo. Kintên-kintên ing wêkasaning taun 1941 ril-ril antawisipun Solo dhatêng Surabaya sampun rampung panyambêtipun sadaya. Pikantukipun ril ingkang dipun sambêt makatên punika, lampahing sêpur sagêd antêng tuwin botên nyuwara, makatên ugi sagêd awèt.

Longonsteking. Wontên wartos, bilih ing wêkdal punika ing Jawi wetan tuwuh sêsakit longonsteking, kathah tiyang sakit ingkang dipun upakara wontên ing griya-sakit.

Sumbangan kangge dêrma. Tuwan Thio Keng Yan ing Sêmarang, mêntas gadhah damêl ngemah-emahakên sadhèrèkipun, ingkang paargyanipun wontên ing gêdhong Ching Hwa School, tampi sumbangan ingkang gunggungipun arta wontên f 3000.-. Angsal-angsalaning arta sumbangan wau lajêng kadêrmakakên dhtêng Fonds Amal Tiongkok.

Griya-sakit sanatorium. Dumuginipun sapunika, griya sakit Sanatorium ing Indonesia ngriki wontên 8, ingkang sampun dipun angge sawêg 3, inggih punika ing Ngayogya, Makasar tuwin sacêlakipun Cirêbon. Waragadipun yasa griya-sakit wau saking arta fonds salawe yuta. Sanatorium ing Purwokêrto inggih sampun kabikak. Ing Madiun kabikak ing wulan punika. Ingkang tiga ing Bandung, Jêmbêr tuwin Ambon, sampun mèh rampung panggarapipun.

Margi sêpur enggal ing Sêmarang rampung. Panggarapipun margi sêpur saking Poncol dhatêng Tawang, sampun rampung, saha sampun kawiwitan kangge mlampah momot barang. Benjing Januari ngajêng punika ugi badhe katindakakên kangge sêpur tumpakan.

Karampunganing prakawis katiwasan ing rêdi Lawu. Pangadilan Landraad ing Surakarta sampun ngrampungi prakawisipun tuwan Atmosudarma, pangajênging darmawisata minggah rêdi Lawu, ingkang njalari tiwasing lare kalih. Dakwa kaukum 9 wulan, nyuwun revisie.

Congres A.I.I. ingkang kaping 5. Benjing tanggal 24 dumugi 29 wulan punika. A.I.I. ngawontênakên congres wontên ing Cianjur. Dipun sarêngakên kalihan congresipun golongan wanita Zainabiyah tuwin golongan mudha B.I.I.

Dr. Cipto sampun dumugi tanah Jawi. Kawartoskên, tanggal 2 wulan punika Dr. Cipto sampun dumugi ing Surabaya, lampahipun sêsidhêman, dipun pêthuk Ir. Darmawan sakulawarga, Dr. Samsi, tuwan Roosan Abdulgani tuwin tuwan Sumarto Joyodiharjo. Ing dintên punika ugi lajêng bidhal dhatêng Sukabumi, papan ingkang sampun dipun pilih kangge nêntrêmakên sarira.

Gêgêntosipun Ministêr Kobayashi. Miturut wartos Aneta-Reuter, awit saking kaparêngipun parentah Jêpan, badhe miji ministêr babagan sajawining praja Jêpan, Kenkichi Yoshizawa, anggèntosi Ministêr Kobayashi dados utusan Jêpan mangajêngi delegatie.Dilanjutkan pada hlm. 1405.

____________________

[Lanjutan dari halaman 1403]

pang badhe andum prabawa wontên Tiongkok, ewasamantên mêksa taksih lajêng anggènipun suka pambiyantu moreel Ian materieel dhatêng Tiongkok.

Wartos saking Indo-China ingkang dumugi ingriki sakêdhik sangêt, dèrèng kênging dipun angge pancadan ngungak kawontênanipun Indo-China ing sayêktosipun. Miturut ungêling pawartos, pasulayanipun kalihan tanah Thai taksih têtêp pêtêng, pamarentah Vichy têtêp nêdya ngêkahi tlatahipun, manawi prêlu inggih mawi kakiyataning dêdamêl. Namung bab panêdhanipun Jêpang, Prancis botên wani mbalak. Rêmbag prakawis ekonomi ingkang waunipun wontên ing Hanoi, samangke kapindah dhatêng Tokyo.

Kalangan paprentahan punapadene sêrat-sêrat kabar Jêpang, sampun kêrêp nyêplosakên bilih trajangipun Jêpang wontên ing Asia-wetan punapadene wontên ing laladan samodra Pasific punika, ingkang dados pagolan nomêr satunggal inggih punika Inggris kalihan Amerika. Bab punika Inggris kalihan Amerika botên nyelaki, jalaran pancèn gadhah kabêtahan agêng wontên ing Asia-wetan tuwin laladan Pasific. Mila botên nggumunakên, manawi ing bab ngrêksa kawilujênganipun laladan Pasific punika, Inggris kalihan Amerika sagêd gandhèng kunca. Saya sarêng Jêpang ngêblak nggolong dhatêng nagari Indhên, Inggris kalihan Amerika saya rakêt anggènipun gotong royong wontên ing laladan Pasific. Amerika têrus ngiyatakên wadyanipun lautan wontên ing laladan Fasific wetan sarta kidul. Dene Inggris ngiyatakên pananggulangipun wontên ing Pasific kilèn, dhasaripun wontên ing Singapura. Dene ingkang dipun patah mandhegani, Sir Brook Popham, kala minggu wingi sampun nitipriksa kawontênanipun wadya lautan Inggêris ing Hongkong, sarta lajêng badhe dhatêng Australie tuwin Nieuw-Zeeland.

Bab nglarasakên pananggulang Inggris kalihan Amerika wontên ing laladan Pasific punika sampun dangu dados rêmbagipun para dhiplomat Inggris, Australie tuwin Amerika wontên ing Washington, namung taksih adhapur pêpucuk dèrèng dados rêmbag opsijil sarta inggih dèrèng wontên putusan-putusan ingkang gumatok. Namung manawi nitik glagatipun, bab nglarasakên pananggulang wontên ing Pasific punika kathah uthutipun tumuntên dados.

Makatên kawontênanipun sakiwa têngênipun Tiongkok salêbêtipun minggu wingi.

Yèn ing Eropah, ingkang rame namung babagan pêrang. Lampah-lampah dhiplomatik kalêbêt sêpên. Dene ingkang kalêbêt wigatos, Inggris sampun sagêd damêl prajanjian babagan arta kalihan Spanyol, ingkang ugi atêgês nggondhèli Sêpanyol sampun ngantos kenging dipun pulut Jerman. Pamitranipun Inggris kalihan Turki saya supêkêt, dening dipun sêmèn ing prajanjian babagan arta, ingkang ngêmu kajêng mêpês padaganganipun Jerman wontên ing laladan Balkan.

Dene Jerman katingal têrus nêsêg nêdya ngrangkul Prancis supados purun tumut Jerman babar pisan, lajêng kaajak nandangi Inggris. Manawi Laval, sampun têrang mupakat sangêt, margi wiwit rumiyin mila pangêmbat praja satunggal punika tindakipun tansah nyondhongi Jerman-Italie. Namung wontên pêpalangipun agêng inggih punika rakyat Prancis umumipun taksih têtêp botên rêmên dhtêng Jerman ; lajêng, Petain kalihan Weygand kawartos têtêp botên purun nyidrani mitranipun lami inggih punika Inggris.

--- 1405 ---

Malaria ing bêwah Pamêkasan. Miturut katrangan saking Dienst Kasarasan, ing dhistrik Sêpulu tuwin Ambuntên tuwuh sêsakit malaria ragi sangêt. Têtiyang ingkang kêtrajang, ing Sêpulu 150, ing Ambuntên 300. Ingkang wajib sampun nindakakên papriksan sapêrlunipun.

Dintên wiyosanipun Premier Churchill. Dhawahing dintên wiyosanipun Premier Churchill, ing pundi-pundi kawontênakên paargyan namung climèn. Ingkang wigatos, ing pundi-pundi wau wontên tindak ngalêmpakakên arta kangge Spitfire Fonds.

Pakèwêdipun kintunan sata dhatêng Indo-China. Ingkang sampun-sampun, pawêdalipun sata saking kabudidayan kathah ingkang dipun kintunakên dhatêng Indo-China. Ing sapunika saya dangu pangintunipun saya rêkaos. Mila ing bab punika lajêng dados panggalihanipun para wajib.

Ingsêr-ingsêran ing Jawi Têngah. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi Têngah, R. Masrikan Tirtoawijoyo, asistèn-wêdana Parakan, dhistrik Parakan, Kabupatèn Têmanggung, Paresidhenan Kêdhu, dados ajunct-jaksa Landraad ing Têmanggung.

Têtiyang tani piyambak nyatakakên dhatêng Paboyongan. Wontên têtiyang tani cacah 40 saha pêtinggi cacah 40 sami bawah Bojonêgoro darmawisata dhatêng Lampung, pêrlu badhe nyumêrêpi piyambak mawontênanipun, supados kathaha ingkang sami purun pindhah dhatêng sabrang. Pambudidaya makatên punika jalararan saking padununganipun lami awon sitinipun, botên jalaran saking kêkathahên jiwa.

Pindhahan pangarsa Landraad. R. Sudibya Dwijosewoyo, pangarsa Landraad ing Pamêkasan, kapindhah dados pangarsa Landraad ing Kêdiri, wiwit tanggal 30 November kêpêngkêr.

C.B.Z kadadosakcn Academisch Ziekenhuis. Miturut dhawuh wangsulanipun wêwakil parentah ing Raad Kawula, botên kawratan manawi C.B.Z. kadadosakên Academische Ziekenhuis.

Ngajêngakên ngrabuk. Awit saking rêrigênipun pangagêng ing Banjarnêgoro, tumbas rabuk Dubbel superfosfaat rêrêgèn f 1500,-. Rabuk wau lajêng kabage dhatêng para tani ing dalêm sa-kg rêgi gangsal sèn. Tindak makatên wau pêrlu kangge ngudi indhaking pamêdal.

Damêl dolanan Iare. Kawartosakên, ing Malang wontên pabrik enggal ndamêl barang-barang dolanan lare. Ingkang ngadani padamêlan punika sawênèhipun nyonyah Walandi asli plajêngan saking nagari Walandi, ingkang pancèn sampun tukang dêdamêlan makatên.

Comite Steunfonds Holland. Ing Sf. Prambanan wontên kêmpalaning para Inh. personeel, Voorzitteripun Padmowirono, kêmpalan wau sampun wiwit wulan Juni '40 sarta sampun sagêd ngintunakên arta f 95.42, lumantar N.I.R.O.M. Ian Regent. Ing pamuji sêjaning kêmpalan wau enggal kasil. (K. 2663).

PAWARTOS SAJAWINING PRAJA.

Sabtu 7 December.

Santi Quarnta bêdhah (Reuter, Athene). Prajurit Griek wanci enjing (6 Dec.) lumêbêt ing kitha Santi Quaranta. Kitha kênging karêbat.

Maarschalk Badoglio trimah kèndêl (Reuter, Londen). Miturut tilgram saking Rome dhatêng D.N:B. dipun kèndêli saking anggènipun dados pangagêng wadyabala Italie awit saking panêdhanipun piyambak. Ingkang nggêntosi Jendral Ugo Cavellero.

Prajurit Italie ingkang mlajêng dhatêng Yugoslavie (Reuter, Istambul). Salêbêtipun papêrangan Italie-Griek, wontên prajurit Italie 6000 mlajêng dhatêng Yugoslavie, lajêng dipun singkirakên (dipun interneer).

Hulpkruiser Inggris tarung kalihan baita pêrang Jerman (Reuter, Londen). Pangagêng wadya lautan Inggris nggiyarakên wartos bilih hulpkruiser Carnarvon Castle papagan kalihan baita pêrang Jerman ingkang nylamur kados baita dagang wontên ing samodra Antlantik kidul. Kêlampahan sami alinton mimis. Carnarvon Caste karisakan sakêdhik. Baita mêngsah lajêng nggêblas, botên kasumêrêpan têrang punapa karisakan punapa botên.

Yugoslavie - Hongarie (United Press, Belgrado). Wontên wartos bilih tg. 11 wulan punika Csaky badhe dhatêng Belgrado. Punapa ingkang badhe karêmbag, botên kasumêrêpan têrang. Namung kalangan pulitik sami gadhah pandugi, bilih dhatêngipun Csaky wau badhe ngrêmbag bab prajanjian pamitran Ian botên têmpuh-tinêmpuh.

Ngahad 8, Sênèn 9 December.

Prajurit Griek nyêlaki sumbêr lisah (Reuter, Londen). Prajurit gêgana Griek nêmpuh Premiti kalihan Klisura. S.s.k. Griek nyariyosakên yèn prajurit Griek ing Albanie têrus mangalèr ngênêr dhatêng sumbêr lisah ing Albanie dumunung wontên ing antawisipun lèpèn Devolvia kalihan Skumbi.

Delvino dhumawah ing tanganipun Griek (Reuter, Athene). Kawartosakên bilih kitha Delvino sampun karêbat prajurit Griek. Papêrangan ing kiwa têngên ngriku kalajêngakên: Kathah prajurit Italie dipun tawan.

Italie ngingsêr sênapati malih (Reuter, Londen). Miturut Stefani, Jendral Cesare de Vecchi komandhan prajurit Italie ing laladan sagantên Egei dipun kèndêli awit saking panêdhanipun piyambak. Ingkang nggêntosi Jendral Ittore Bastico, kadadosakên gupêrnur ing Dedekanesos tuwin senapati ing laladan ngriku.

Miturut wartosipun D.N.B., pangagêng wadyabala lautan Italie Admiraal Domenice Cavagnari ugi dipun kèndêli, ugi saking panêdhanipun piyambak. Dene ingkang nggêntosi Arturo Diccardi.

Pitulunganipun dhatêng Griekenland (Reuter, Cairo). Salêbêtipun 4 minggu wadya gêgana Inggris tumandang sêsarêngan kalihan wadya gêgana Griek nêmpuh mêngsah ambal kaping 40, nuju 11 panggenan ing laladan Albanie. Kajawi punika, R.A.F. ugi nêmpuh papan-papan ing Italie ingkang kangge margi utawi pancadan ndhatêngakên prajurit tuwin bêbantu dhatêng Albanie.

Wadya lautan Amerika mindhak sêntosa (U.P. Washington). Kumisi pananggulang nagari ing Amerika nyariyosakên yèn sabên 12 dintên badhe wontên baita pêrang satunggal kawêwahakên dhatêng wadya lautan. Rancangan badhe damêl wadya lautan kalih sisih (ing sagantên Atlantik kalihan Pacific), ingkang badhe nêlasakên waragad 1 milliard, dipun enggalakên anggènipun nindakakên. Damêl baita kruiser manawi ing mangsa limrah, rampungipun 40 wulan, punika sagêd dipun gêlak rampung 35 wulan.

Damêl baita silêm yèn limrah 30 wulan, dipun gêlak sagêd dados 24 wulan; dene pandamêlipun torpedo boocager sagêd dipun enggalakên 1 wulan tinimbang kalihan ing wêkdal limrah. Kêjawi punika ing Amerika inggih badhe dipun wontêni papan kangge damêl baita pêrang enggal, wragadipun 150 yuta dolar.

Wêwadosipun pabrik dêdamêl Skada botên dhumawah ing Jerman (Reuter Londen). Nayaka babagan arta ing Cechoslowakie, tilas dhirèktur pabrik dêdamêl Skoda ingkang damêl sênjata Brenn, sagêd oncat dhatêng Inggris ing nalika prajurit Jerman lumêbêt dhatêng Cechoslowakie. Dhirèktur wau ugi sagêd ndhêlikakên wêwadosipun Skoda ing bab pandamêling dêdamêl warni-warni. Sapunika bab wêwadosaning dêdamêl wau dipun wahyakakên dhatêng pamarentah Inggris. Ing sakawit Jerman badhe mulut ministêr wau kapurih wangsul dhatêng Cechoslowakie, nanging botên kalampahan, margi ministêr wau botên purun.

Ing Rumenie kasamarakên yèn wontên kraman (Reuter, Bukarest). Pamarentah Rumenie nggiyarakên undhang, têtiyang ingkang nggêgasah utawi tumut kraman, badhe dipun ukum pêjah. Dene ingkang sami tumut ebah-ebahan ingkang nêdya damêl kraman, dipun ukum salaminipun gêsang. Pangadilan ingkang badhe mriksa prakawis wau Raad militèr, warganipun jendral 3, pamriksanipun kawatês namung 24 jam, anggènipun nindakakên pancasan diputi wangêni namung ing salêbêtipun 10 dintên.

Chunking kalihan Moskou (Reuter, Chungking). S.s.k. Tionghwa sami migatosakên sangêt dhatêng katêranganipun pamarentah Sovyet ing bab pulitikipun ingkang tumuju dhatêng Tiongkok (Sovyet nêrangakên yèn pulitikipun Sovyet botên ewah). Katêrangan punika kaanggêp dados wangsulanipun Sovyet dhatêng prajanjian Nanking-Japan ingkang mawi isi mêngsah Kuminis.

--- 1406 ---

WAOSAN

SINBAD.

Kula namung anyipta pêjah, anuntên mirêng swaranipun tiyang angungkabi tutup sela, botên dangu wontên jisim satunggil, tiyang gêsang satunggil ingkang dipun dhunakên. Wondening jisim punika jalêr. Sampun adat, yèn tiyang kabêtah, inggih nekad. Kalanipun tiyang èstri kaêdhunakên, kula anyêlaki panggenanipun badhe nyèlèhakên tabêla. Sarêng sela katutupakên malih, kula amêndhêt balung agêng, kula gitikakên sirahipun tiyang èstri wau sarosa kula, jangkêp kaping tiga, lajêng pêjah. Nggèn kula nglampahi padamêlan makatên punika namung angangkah roti akalihan toya, ingkang wontên ing tabêla, dados kula angsal andhungan kangge ing sawatawis dintên. Botên dangu wontên jisim tiyang ètsri, kaêdhunakên ing luwêng malih, ingkang jalêr kalêbêtakên gêsangan, lajêng kula pêjahi, trapipun kados ingkang sampun kalampahan wau. Sarèhning kala samantên panuju kathah tiyang pêjah salêbêting kitha, dados kula botên kêkirangan têdha, pamêndhêt kula inggih ngangge pratingkah kados ingkang kasêbut ingajêng wau.

Anuju satunggil dintên, sarêng kula sampun amêjahi tiyang èstri satunggil malih, amirêng swara angakak sarta gadêbêging suku, kados tiyang lumampah, kula amurugi prênahing swara, pangraos kula wontên ingkang katingal kumlebat; kados wayangan makatên, lajêng kula tut wingking, sakêdhap-sakêdhap kèndêl sarta angakak, yèn kula cêlaki lumajêng, kula tansah tut wingking angantos têbih. Anuntên kula aningali padhang-padhang alit kados lintang, kula purugi sakêdhap ical, anuntên katingal malih. Sarêng kula sampun cakêt, têtela ingkang katingal padhang wau, bolonganing parang, agêngipun sêdhêng kalêbêtan ing tiyang. Sarêng kula aningali makatên, kèndêl sakêdhap, angaringakên manah kula, sabab tansah ngandhut watos kemawon. Enggal lompongan kula lêbêti, têmbus pinggiring sêgantên. Ing mangke sampeyan sadaya kula aturi anggalih, mênggah ing bingah kula kala samantên.

Kula botên sagêd amratelakakên bingahing manah kula, sabab ingkang kula tingali punika, dede supêna ing sayêktosipun. Sarêng manah kula sampun têtêp, kados ingkang wau-wau, kula lajêng sumêrêp, yèn ingkang kula mirêngakên ngakak sarta kula tut wingking wau, sayêktosipun dhapur bêbujêngan, mêdal saking sêgantên, sabên-sabên lumêbêt ing luwêng amangsa bathang tiyang.

Rêdi lajêng kula tingali, prênahipun antawising kitha kalih sêgantên, nanging botên wontên marginipun, sangêt sungil, botên kênging kaambah ing tiyang. Kula lajêng andheprok wontên pinggiring sêgantên, asokur ing Gusti Allah saking pitulungipun dhatêng kula. Sarêng sampun aso, kula lumêbêt dhatêng luwêng malih, amêndhêt roti, kula têdha wontên pinggiring sêgantên, mindhak eca raosipun, angungkuli kalanipun taksih wontên salêbêting luwêng. Anuntên kula lumêbêt malih, amêndhêti prabotipun tiyang pêjah, awarni gêlang intên mirah mutyara mas sapanunggilanipun, ingkang kalêbêt aji, pamêndhêt kula kalayan êmèk-êmèk, saangsalipun kemawon, sadaya sami kula bêkta dhatêng pinggiring sêgantên, kula buntêli dados pintên-pintên buntêl, kula talèni ing tangsul, prantos angêdhunakên tabêla, kathah sami tumut kalêbêtakên, anuntên kula prênahakên wontên pinggiring sêgantên, tansah angêntos-êntosi marginipun sagêd luwar saking pinggiring sêgantên wau.

Sarêng antawis tigang dintên, kula aningali baita langkung, botên têbih saking panggenan kula, lajêng angundang-undang sarosa kula, sarta sêrban kula obat-abitakên. Tiyang ing baita sami mirêng, nuntên kula dipun purugi kalih baita alit. Sarêng dumugi panggenan kula, lajêng sami apitakèn nalaripun, nggèn kula wontên ingriku. Kula amangsuli yèn katiwasan, pêcah baita kula sawêg kalih dintên punika, barang gêgramèn ingkang katututan, namung warni buntêlan ingkang katingal punika. Rahayunipun badan kula, dene tiyang baita wau botên angyêktosi lompongan ingkang anjog dhatêng luwêng, sampun pitajêng kemawon ing wangsulan wau, kula sabuntêlan lajêng kabêkta dhatêng baita agêng.

Sarêng sampun minggah dhatêng baita, kapitan bingah nggènipun sagêd mitulungi, sarta marêm kula umuki, yèn katiwasan pêcah baita kula.

Baita anuntên layar, lampahipun anglangkungi pulo pintên-pintên, wontên ingkang nama pulo Klokke, layaran sadasa dintên saking pulo Serindip, samantên punika manawi anginipun sae. Wontên ing pulo Kelah layaran nêm dintên. Wontên ing puopulo. Kelah punika kula sami mêntas. Ingriku kathah pêlikan timah, sarta rosan Indu punapadene kapur-barus.

Ingkang jumênêng ratu ing pulo Kelah wau, anglangkungi prakosa sarta sugih, talatahipun ngantos dumugi pulo Klokke. Mênggah agêngipun pulo Klokke punika, lampahan kalih dintên, têtiyangipun sami anêdha tiyang. Kula lajêng sade tinumbas gêgramèn wontên ing pulo Kelah wau, anuntên layar malih, anglangkungi palabuhan pintên-pintên, wêkasaning lampah wilujêng dumugi ing nagari Bagdad, akathah bêbêktan kula rajabrana, botên wontên damêlipun yèn kula cariyosna saking sokur kula dhatêng Gusti Allah, amargi saking pangrêksanipun. Kula adana kathah dhatêng tiyang mêlarat, sarta anyukani yatra kathah, kadamêl anyaèni masjid-masjid, nuntên kula akasukan kalihan sanak sadulur kula.

(Wontên Iajêngipun).

--- 0 ---

[Iklan]

--- 0 ---

[Iklan]

--- 1443 ---

Ôngka 103-104, Ju Pa, 28 Dulkangidah Dal 1871, 27 Dhesèmbêr 1940, Taun XV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Slasa lan Jumuwah

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Masjid ing Pringsèwu Lampung, manawi para dhiktator mênang dening Albert Viton, tindak têgêlanipun Jerman ngicalakên raos kamanungsan, tindak adil lan pangadilan, dhatêng kawah Ijèn, dayanipun godhong sata, paargyan Malaysia ing Manila, jagading wanita, kitha pusêring kabudayan, babad minggon, kabar warni-warni, waosan, taman bocah.

MASJID ING PRINGSÈWU LAMPUNG

[Grafik]

[Sinom]

Sapa kang duwe pangira / kaanan kolonisasi / samubarang ora kurang / omah gêdhe bêcik-bêcik / untabe para tani / sabên esuk gumarudug / yèn pinuju pasaran / ramene anggêgirisi / ora beda karo ana tanah Jawa //

Sêkolahan ora kurang / wonge nyang agama ngêrti / masjide gêdhe anganggrang / diubêngi banyu mili / papane rêsik gasik / ya iku mêsjid Pringsèwu / santrine bêntêt kêbak / yèn pinuju dina bêcik / nganti ewon wong doh-adoh padha têka //

--- 1444 ---

MANAWI PARA DIKTATOR MÊNANG

Dening Albert Viton

Ingkang satunggal badhe ngêdum jajahan, satunggalipun badhe andhêpani jagat.

Kalawarti Asia wêdalan ing New-York kala wulan Sèptèmbêr 1940 ngêwrat andharan karanganipun Albert Viton, guru agêng ing pamulangan luhur Amerika Sarekat. Isi sarta suraosipun kados prêlu kasumêrêpan ingakathah, langkung-langkung ing salêbêting mangsa pêrang kados samangke punika.

Punapa panguwaos-panguwaos fascist anggènipun pancakara punika mapagakên kanyataan ingkang wontênipun kala jaman kalih dasanan taun kêpêngkêr nanging ingkang sapunika namung awujud wêwayangan? Sêrat-sêrat kabar opisijil ing Italie kanthi gambira damêl andharan bab "Jaman enggal ing laladan Sagantên Têngah" ; lajêng Signor Virginio Gayda, juru ngarang fascist ingkang agêng piyambak panguwaosipun, anêrangakên, bilih "Awit saking wontênipun tatanan enggal ing Eropah... jajahan-jajahan badhe kabage kanthi ngadil miturut kathah kêdhiking jiwanipun nagari-nagari ingkang gadhah jajahan sarta kalarasakên kalihan wêwatakan, punapadene kalihan kasagêdanipun nyambut damêl bangsa-bangsa wau.

Punapa ingkang dipun kajêngakên somprètipun II Duce, inggih punika Gayda, wau sampun têrang, inggih punika : rèhning Prancis kalihan Inggris cacah jiwanipun ajêg botên mindhak, jajahanipun kêdah dipun rayah, kasukakakên nagari-nagari fascist, awit nagari fascist kiyat-kiyat saèstu, sarta mangrêtos dhatêng lampah-lampah murih cacah jiwaning nagarinipun mindhak-mindhak. Dados badhe kados kala kalih èwu taun kêpêngkêr, umbul-umbul [...]Naskah rusak.

Têtiyang golongan demokrasi libêral (demokrasi mardika) sami mratelakakên, bilih ingkang kados makatên punika ing jaman samangke sampun botên sagêd tumindak. Sampun wiwit kala 20 taunan kapêngkêr imperialisme punika sampun dumugi ing janji ; kacariyosakên, yèn awit saking kawontênan sosial, ekonomi tuwin kabudayan ing nagari-nagari ingkang gadhah jajahan lan ingkang dados jajahan, kakiyataning gêsangipun imperialisme sampun jugrug, imperialisme dados cara ingkang sampun botên cocog kalihan kawontênaning jaman. Para ngudi sêsêrêpan ekonomi tuwin sêsêrêpan bêbrayan gêsang sampun kêrêp anêrangakên, bilih saprasakawan abad kapêngkêr krajan-krajan agêng ing jagat sampun wiwit surêm kasaput ing dalu. M.J. BONN sampun damêl andharan bab "Jugrugipun karajan ing donya", mawi wêwaton sarta wawasan ingkang sakalangkung mitadosi. Kula piyambak wontên ing kalawarti Asia ngriki ugi sampun nate nêdahakên ngalamat-ngalamat badhe jugrugipun imperialisme.

Imperialisme tansah mlêrêt.

Kados sampun botên prêlu mawi ndhudhahi lêlampahan ing babad 25 taunan kêpêngkêr. Sampun têrang, botên wontên nagari jajahan ingkang kalis ing daya pangaribawanipun kabudayan enggal. Kraman, pamogokan, ontran-ontran, malah ugi repolusi tuwin pêrang ngrêbat kamardikan agêng-agêngan, adamêl rêtu tanah jajahan lan ing nalika punika ugi imperialisme tansah têrus mundur. Imperialisme wau sawêg kemawon mencok, raos botên sênêngipun têtiyang kathah lajêng mubal, anduwa satêmah pun imperialisme, kapêksa lumajêng saking ing pandhêlikan satunggal mlembar dhatêng pandhêlikan sanèsipun ingkang kirang prayogi utawi kirang ubarampening pananggulangipun. Ing laladan Sagantên Têngah, inggih punika nagari-nagari ingkang dados impènipun Mussolini, sampun kêrêp ngatingalakên kêncênging manahipun nêdya ngrêbat kamardikanipun. Têtiyang Prancis wontên ing Marokko, Tunis tuwin Syrie, botên kêndhat-kêndhat anggènipun manggih ribêd. Pranatan cara diktator wontên ing nagari-nagari wau namung sagêd ngêndhalèni, nanging botên sagêd nyurês, ebah-ebahan kabangsan ing nagari ngriku. Italie piyambak sampun ngraosakên, botên gampil nindakakên sêsanggêmanipun, inggih punika nêntrêmakên tanah Lybie. Wontên ing Mêsir, Palèstina tuwin Irak, Inggris inggih nrênjuhi prakawis-prakawis ingkang malahi saèstu, ngantos lajêng trimah ngawon.

Sêmangat enggal ing nagari-nagari jajahan.

Jajahanipun Mussolini piyambak, inggih punika Lybie, wèlèh-wèlèh anggènipun ngatingalakên bab wontêning sêmangat enggal ing tanah jajahan, ingkang ing nagari-nagari sanèsipun botên badhe wontên. Nagari wau kala taun 1911 nalikanipun Turki kacancang wontên ing Balkan, karêbat saking panguwaosipun Turki. Namung pawingkingipun lajêng katingal, yèn anggènipun ngêjègi nagari wau langkung gampil tinimbang kalihan anggènipun nglêstantunakên panguwaosipun. Sasampunipun dipun kuwaosi Italie lajêng kêrêp wontên kraman. Miturut biwara opisijil fascist piyambak, kraman wau "kêdah dipun tandangi kanthi toging kakiyatan saèstu". Sanajana makatên, sêdyanipun Italie badhe nancêbakên panguwaos wontên

--- 1445 ---

ing laladan Tripolitania punika, kêlampahanipun mêksa botên sagêd ing sadèrèngipun taun 1914. Nanging umuripun mêksa inggih botên dangu. Sarêng wontên pêrang donya, têtiyang Lybie angsal margi malih badhe nglêksanani sêdyanipun. Margi wau inggih dipun pigunakakên. Wasana prajurit Italie ngantos dasanan èwu kapêksa dipun kintunakên dhatêng Lybie. Dumuginipun taun 1919 kraman ingkang agêng ing laladan pasisir sawêg "sagêd sirêp".

Pancèn sawêg kojuripun Italie, têtiyang Lybie punika botên gampil dipun tindhês, botên purun nrimah utawi mupus. "Kintên-kintên ing taun 1921, sasampunipun kathah sêsrawunganipun kalihan têtiyang pribumi, tiyang Italie sawêg mangrêtos, bilih anggènipun badhe nglêstantunakên pangrêbatipun nagari wau botên cêkap manawi namung sarana ngawonakên dêdamêlipun tiyang ingriku kemawon."

Ubat-ubêting têtêmbungan ing biwaranipun fascist wau, manawi dipun bucali sêsêkaranipun, lajêng atêgês, bilih panguwaosipun tiyang ltalie wontên ing Lybie punika namung wontên ing laladan ingkang wontên prajuritipun, ing sanès panggenan botên gadhah panguwaos punapa-punapa. Taun-taun candhakipun Italie ewon anggènipun nglurugakên wadyabalanipun dhatêng Lybie ; lampah-lampah pêrang ingkang sakalangkung siya dipun cakakên ; jendral kalih ingkang agêng piyambak ing nalika punika, inggih punika Rudolfo Graziani kalihan Pietro Badoglio gontas-gantos dipun lurugakên dhatêng Lybie kapurih mandhegani prajurit Italie anggènipun badhe nêmpuh bangsa sayuta kathahipun ; sanajana makatên, sawêg ing taun 1932 anggènipun sagêd nyêbar biwara, bilih "Jendral Pietro Badoglio angumumakên yèn tanah Lybie sadaya sampun têntrêm."

Kadospundi mênggah ing kawontênan ing sanyatanipun, kenging kasumêrêpan saking ing biwara opisijil saking Italie, ingkang ungêlipun makatên : "Ngajêngakên wêkdal punika (1932) panuntun-panuntun pribumi ingkang agêng-agêng sami nungkul wontên papêrangan utawi sami oncat dhatêng nagari sanès." Katêrangan punika ugi ngêmu têgês, bilih tiyang Italie piyambak sampun ngakêni yèn kraman ing Lybie punika wontênipun wiwit taun 1911 ngantos dumugi taun 1932 ; Ian ing sayêktosipun, kraman wau sagêdipun sirêp saèstu sarêng sampun lêt sawatawis taun saking bakdanipun taun 1932.

Kadospundi anggènipun Italie badhe nêlukakên nagari-nagari sakubêngipun Sagantên Têngah.

Ngèngêti lêlampahan-lêlampahan wau, têtiyang libêral ing nagari dhemokrasi sami kêtuwuhan pitakenan ing salêbêtipun manah, baya kadospundi anggènipun Italie badhe nêlukakên tirahan-tirahan nagari sakubênging Sagantên Têngah samangke punika ? Sawêg Lybie kemawon sampun rêkaos. Mangka Lybie punika sami-sami nagari wêwêngkonipun krajan Ottoman (Turki), kalêbêt ingkang kèthèr piyambak ; jiwanipun awis tur kêcingkrangan sangêt ; tiyang ingkang ngrêtos sastra botên sapintêna ; indhustri tuwin têtanènipun botên dipun damêl modern. Lah sapunika, Italie kalihan Jerman punapa inggih sagêd angsal damêl anggènipun nêdya ngrampêd nagari-nagari ingkang sampun majêng tur sugih, punapadene sampun dangu anggènipun kêprabawan ing kabudayan enggal, kadosdene nagari Mêsir, Palêstina, Syrie, Turki, Irak tuwin Iran ?

Imperialisme totaliter badhe saya ndadra.

Ananging, para panuntun fascist punika sêmunipun ahli kanyataan sadaya ; ngrêtosipun dhatêng caraning tandangipun piyambak langkung cêtha tinimbang kalihan para sagêd golongan kula ingkang ndhawahakên pamanggihipun kanthi mardika. Imperialisme dèrèng dumugi titimangsanipun sirna. Utawi langkung prayogi dipun têmbungakên, bilih jinising imperialisme ingkang tuwuh sarta mêkar wontên ing laladan sosial, kabudayan tuwin ekonomi kilenan ingkang asipat dhemokrasi-libêral tuwin asipat kapitalis punika sampun notog dumugi ing puncak, sarta sampun wiwit badhe ngglewang. Imperialisme jinis kados makatên punika pancèn anêh, botên wontên ingkang nyamèni. Imperialisme wau, sanajana botên timbang kalihan wragadipun, umumipun nêripun nunggil lampah kalihan kamajênganing masarakat, sarta inggih botên sagêd pisah kalihan bakuning jangka ingkang dados dhêdhasaring masarakat dununging imperialisme wau.

Ananging, imperialisme punika sajatosipun kathah jinisipun. Ing sadèrèngipun kapitalisme democrasi lahir wontên ing babad, imperialisme sampun wontên. Dene ing benjing, manawi Jerman kalihan Italie unggul juritipun, ugi badhe wontên imperialisme malih, imperialisme ingkang asipat totalitèr.

Fascisme badhe nggêmpur kabudayan.

Prakawis punika tiyang botên mangrêtos ; Ian anggènipun botên mangrêtos punika ingkang njalari nagari-nagari dhemokrasi mardika botên mangrêtos dhatêng kawontênanipun Fascisme wau. Fascisme punika botên namung awujud blabaraning kabudayan lami dipun wêwahi dhiktator, punika botên ; ananging sampun têrang yèn nyingkirakên -utawi mbalela - dhatêng blabaraning kabudayan ingkang tuwuh ing salêbêting tiga kawan abad kapêngkêr. Nagari-nagari dhemokrasi anggènipun botên mangrêtos dhatêng Fascisme wau dede salahipun têtiyang Fascist, jêr têtiyang Fascist sampun ngêblak nggiyarakên sipat-sipating caraning tindakipun ingkang salugu. Namung kita botên purun pitados. Ingkang sagêd mangrêtos Ian sumêrêp sakêdhik-sakêdhik dhatêng galagating lêlampahan wau namung para landhêp ing pamawas, nanging botên sapintêna kathahipun. Punika sami nêdahakên glagating kawontênan wau, nanging suwaranipun botên kados swaraning tiyang nguwuh-uwuh wontên ing sagantên wêdhi, têgêsipun sabotên-botênipun mêksa gadhah uthut badhe kamirêngan tiyang sawatawis, swaranipun [swarani...]

--- 1446 ---

[...pun] namung kados swaraning tiyang nguwuh-uwuh wontên ing satêngahing kitha, kasilêb karoban ramening kitha, gêrot-gumêroting mêsin tuwin pambêngoking lare-lare sade koran, satêmah botên kamirêngan babar pisan.

Kêdah gadhah jajahan, manawi botên sirna. Imperialisme fascist dados pêperanganipun utawi kenging kawastanan dados dhasaring kraman kabudayan wau. Sampun têrang, cara enggal punika wau blêgêripun namung badhe miturut blabaraning kabudayan ingkang dumados wontên ing nagari ingkang kuwaos wau. Tatanan ekonomi enggal punika, botên kenging botên kêdah mbêtahakên imperialisme, malah anggènipun mbêtahakên kêpara langkung sangêt tinimbang kalihan tatanan ekonomi kapitalis ingkang sampun-sampun. Saupami imperialisme punika waunipun botên wontên dhasar-dhasaring kapitalisme partikêlir botên badhe ewah sarambut ; ewaha, inggih alon sangêt monopoli ingkang agêng-agêng mêkaripun badhe langkung dangu sawatawis taun ; indhustri-indhustri Eropah anggènipun tumbas karèt, kapas, goni, cacao tuwin gurubakal sanès-sanèsipun badhe langkung awis. Ananging, sipatipun ekonomi fascist botên sanès kêjawi namung kêdah gadhah jajahan, manawi botên kêdah sirna. Prakawis punika Hitler, Mussolini tuwin sakabat-sakabatipun sampun dangu anggènipun mangrêtos.

Nagari-nagari kapitalis saya dangu saya demokratis.

Ing salugunipun imperialisme ingkang asipat dhemokrasi-liberal punika sampun ngandhut wijining sêsakit ingkang badhe ngrisakakên badanipun piyambak. Sapisan, yèn nagari kapitalis saya dangu saya dhemokratis, botên kenging botên, saya dangu inggih badhe saya ngênggèni kamanungsan tuwin saya asipat mradini, inggih wontên ing nagarinipun piyambak inggih wontên ing tanah jajahanipun. Bab punika sampun kêdah makatên. Saya dangu, inggih punika manawi tiyang kathah winênangakên nampik milih kanthi mardika, mêsthi saya sami milih botên pêrang kemawon ; sami kêpengin gêsang sakeca sarta sae, lan inggih sami purun nggêsangi tiyang sanès. Kaping kalihipun, rèhning pangajaran ing tanah jajahan dipun sukakên, têmtu lajêng tuwuh ebah-ebahan kabudayan tuwin pulitik ingkang gadhah dêrêng nêdya nggayuh kamardikan ingkang sampurna. Inggris piyambak ugi botên sagêd nyurês ebah-ebahan makatên wau, sanajana sampun bêngok-bêngok anyagahi, bilih pantog-pantoganing pamrentahipun badhe suka panguwaos ngêrèh piyambak dhatêng tanah jajahan wau. Ugi margi punika, ebah-ebahan wau botên dipun tumpês. Ebah-ebahan wau dipun togakên tuwuhipun sarta inggih dipun pinangkani sawatawis panêdhanipun. Ing pawingkingipun ebah-ebahan wau botên dipun sêngaja lajêng tampi pambiyantunipun kapital mardika, jêr kapital punika bêtah pêkên, bêtah njêmbarakên têbanipun Ian inggih bêtah pados kauntugan.kauntungan.

Sanèsipun bangsa Aria botên wênang mardika.

Sakathahing ebah-ebahan wau botên badhe wontên samangsa Fascisme nyêpêng panguwaos. Fascisme punika gêgêbênganipun ingkang salugu nêdya badhe nyirnakakên dhasar-dhasaring pamanggih ing bab ebah-ebahan kamardikan punapa kemawon.

Ingkang dados dhasaripun dhemokrasi-libêral inggih punika raos sêsami-sami tuwin raos pasadherekan. Dhasaring gagasan makatên punika ingkang dipun mêngsah sangêt dhatêng golongan fascist. Sampun wiwit kala jamanipun Perikles§ Pujangga Yunani bab kukum. kita sami sujana sarta botên rêmên dhatêng pranatan-pranatan kaprajuritan, sanajana pranatan wau namung kangge ing sawatawis mangsa.

Mangka manawi Fascisme, têtêp lalajêngan niyat badhe ngêrigakên wadyabala. Prakawis gêsang ingkang sinêbut sae sampun mantun adhêdhasar raos sêsami-sami kados rumiyin ; wêwênang mranata sarta nêtêpakên kawontênanipun piyambak manawi kasukakakên dhatêng bangsa ingkang dede bangsa Aria, punika wontên ing pandêlêngipun bangsa Aria ingkang nyêpêng paguwaos kaanggêp patrapipun tiyang gêndhêng, kaanggêp "piawon nêrak kabudayan".

Bangsa ing tanah jajahan botên gadhah wêwênang punapa-punapa.

Ingkang dados dhêdhasar, pêpakêming ngèlmu enggal wau, inggih punika mbedak-mbedakakên manungsa miturut bangsanipun. Bangsa Aria beda kalihan tiyang Inggris, ingkang dipun ungêlakên sampun bibrah batosipun, manawi bangsa Aria botên kenging nayogyani ebah-ebahan kamardikan ing tanah jajahan ; dhatêng ebah-ebahan wau tiyang Aria kêdah namung mbudhêg.

Wêwênang tumrap bangsa ing tanah jajahan ? Hla gèk punapa kemawon ingkang dipun wastani wêwênang wontên ing cara enggal ingkang mawi milah-milahakên bangsa wau ? Wêwênang tumrap ing ngèlmu enggal wau sampun têrang dede kaklêmpakaning pranatan kukum ingkang sami tumrap dhatêng tiyang sadaya. Wêwênang punika prakawis kabangsan, anggènipun ngêcakakên namung manawi sakintên badhe mikantuki dhatêng bangsa Aria. "Panguwasa sagêgêm luwih migunani tinimbang karo wêwênang sakandhi kêbak", makatên ungêlipun Deutsche Justiz, organipun opisijil nayaka babagan Pangadilan Nazi. Pangadilan botên purun mada maoni dhatêng ambêg sawênangipun para amtênar ; lajêng anggènipun ndhawahakên pêpancasan namung miturut raos kasênênganipun tiyang kathah ingkang inganggêp saras.

Wicantênipun Hitler : tiyang ingkang gadhah raos kamanungsan punika tiyang gêblêg, tiyang jirih Ian tiyang gumêdhe.

Punapa dipun kintên bilih pamrentah-pamrentah enggal punika wau botên badhe sagêd lêstantun ngêkahi panguwaosipun, dumèh bangsa-bangsa punika

--- 1447 ---

pawingkingipun têmtu botên purun dipun dadosakên bêkakas militèr. Ananging, sampun kêsupèn : "Para neneman Nasional-Sosialis punika dhatêng pêpêrangan ngêkahakên sarta angakêni bilih sikêp dêdamêl punika sampun têrang dados dhasaring pandamêlanipun rakyat sadaya, makatên kasagahanipun kalawartinipun Hitler piyambak, i.p, Nationalsozialistische Monatshette. lngkang mahakuwasa piyambak "ngrêsakakên kula supados pêrang nglabêti Jerman. Nglampahi ayanan pêrang botên nama cêngkah kalihan raos Kristên ; malah nama mbangun miturut Allah". Makatên wêwarahipun agaminipun nazi ingkang opisijil. lng bab kamanungsan, kalihan Hitler dipun ungêlakên makatên : "Rasa kamanungsan iku cêcampuraning kabodhoan, kajirihan karo gumêdhe ; iku bakal luluh sirna kayadene salju kêna ing soroting srêngênge Nazi".

Bangsa ing tanah jajahan kêdah têtêp bodho.

Anggènipun ngawekani tuwuhipun ebah-ebahan pribumi tuwin pulitik, imperialisme enggal punika langkung prigêl tinimbang kalihan imperialisme lami. lngkang nêdya malang sampun kaputung rumiyin ing sadèrèngipun mangrêtos dhatêng kawontênanipun piyambak. Nalikanipun Il Duce lêlana dhatêng Lybie, janji wontên tiyang ingkang katingal kirang sakêdhik anggènipun nglairakên gambiraning manah, inggih punika kirang sakêdhik saking dhawuh opisijil, punika têmtu lajêng dipun singkirakên saking masarakat ingriku. Têtiyang sagêd bangsa pribumi dipun kuya-kuya ngantos dumugi ing papan ingkang ndhêlik-ndhêlik; lajêng kangge ngawekani supados sampun ngantos wontên golongan tiyang sagêd, ingriku botên dipun wontêni pamulangan. Punapa Hitler piyambak dèrèng nyêplosakên, yèn piwulang kilenan punika manawi kasukakakên dhatêng bangsa-bangsa jajahan, nama "nêrak pitêdahing nalar saras ?" Wontên ing Lybie têtiyang Italie sami kawajibakên nyakolahakên anakipun ; ewasamantên kathahing lare sêkolah bangsa Lybie botên langkung saking 70.000. Mangka manawi têtiyang pribumi inggih kakengingakên sêkolah, cacahing lare sêkolah mêsthi botên kirang saking 200.000. Tiyang Lybie ingkang angsal pasinaon maos nyêrat namung sawatawis èwu.

Tanah jajahan ing têmbe wingking.

Kakiyatan-kakiyatan ekonomi ugi botên dipun kengingakên ngajêngakên kabêtahanipun têtiyang pribumi, kados manawi mawi tatanan kapitalistis. Imperialisme enggal punika kêncêng sangêt anggènipun nggêgêgi lampahing pikiran ingkang awêwaton kanyataan (realisme) siya. Kados upaminipun, wontên ing blabaran kabudayan ingkang wêwaton dhemokrasi-libêral, masarakat botên kenging botên kêdah wênang nulak wêdaling arta kamiliteran tuwin arta sanès-sanèsipun ingkang botên ngangsalakên bathi. Wêdaling arta ingkang kados makatên punika sajatosipun nama ngunthêt wohing panyambutdamêlipun rakyat. Ananging, tumrap nagari enggal, ingkang mawi tatanan militèr nggêgilani sarta mawi bureaucratie agêng sangêt, saya dangu kêdah saya kathah anggènipun ngunthêt kakiyatan panyambutdamêlipun rakyat ingkang ngêdalakên kasil, prêlu kangge nyampêdi kabêtahaning nagari wau. Margi saking punika, rakyat kêpêksa tansah nyuda-nyuda kabêtahaning gêsangipun, kados ingkang kalampahan saèstu wontên ing Italie, tuwin Jerman. Namung sampun têrang bilih kawontênan ingkang kados makatên punika botên badhe sagêd lêstantun. Dalasan sabukipun tiyang fascist pisan botên badhe sagêd dipun singsêtakên sangêt-sangêt ngungkuli watêsipun. Margi saking punika nagari ingkang kados makatên wau lajêng bêtah gadhah jajahan. Tiyang ing tanah jajahan, manawi dipun ancam ing rodhaparipêksa mêsthi kêpêksa purun ngulungakên wohing kangelanipun prêlu kangge ngingoni mêsin-mêsin fascist Ian kangge ngindhakakên panggêsanganing bangsa ingkang ngêrèh wau.

[Iklan]

Gêgayutan kalihan rupaking papan, botên badhe kula jlèntrèhakên ngantos njlimêt, namung bab punika wau kados sampun cêkap kangge nyumêrêpi rancanganipun fascis ing bab ekonomi ingkang gêgayutan kalihan jajahanipun ing têmbe wingking. Kados ingkang sampun dipun cariyosakên Rauschnig, golongan fascist botên badhe klèntu lampahipun malih kadosdene lampahipun kapitalis partikêlir, "ingkang, miturut cariyosipun bangsa fascist, anggènipun ngangge, indhustrinipun klèntu kangge mraboti kamajêngan". Kapitalisme "botên sagêd nanjakakên indhustri kados ingkang dados tujuaning indhustri wau. Jalaran indhustri punika dede prabot kamajêngan, nanging sarana kangge ngêrèh, pramila inggih kêdah dipun angge kados makatên punika... " Margi saking punika, "sasampunipun bangsa têlukan punika dipun dadosakên rencang", bangsa Aria kantun ngulat-ulatakên "punika panyambutdamêlipun bangsa wau sampun cocog kalihan dhawuh tuwin kajêngipun bangsa Aria ingkang amurih kadumugèning sêdyanipun bangsa Aria wau". "Mung wong kang edan katêntrêman, sing ngarani yèn tindak kaya mangkono iku tindaking wong kang bubrah imane", makatên wicantênipun Hitler.

--- 1448 ---

Caranipun fascis nancêbakên panguwaos.

Bokmanawi wontên ingkang badhe pitakèn, ing wêkdal samangke kadospundi panguwaos-panguwaos fascis anggènipun badhe ngêcakakên paprentahanipun dhatêng para bangsa ? Tanah jajahan wau sampun sami mbalela dhatêng Inggris tuwin Prancis. Mangka nagari kêkalih punika sampun dangu anggènipun gadhah jajahan, Ian sampun sugih pangalaman mrentah tanah jajahan, sarta sampun sagêd ngêndhalèni utawi suka pangarêm-arêm sakêdhik-sakêdhik dhatêng dêrênging panêdhanipun têtiyang jajahan wau. Punapa nagari jajahan wau botên tansah badhe damêl karibêdan agêng dhatêng bêndaranipun enggal. Pancèn inggih badhe damêl karibêdan - namung kemawon botên têrusan. Sampun têrang, bilih bangsa Turki, Iran tuwin bangsa-bangsa sanès ing Azia tuwin Afrika botên badhe ngancarani dhatêngipun bêndara enggal wau. Wingi-wingi sampun kêtatalan, bangsa-bangsa wau sami gadhah kakêndêlênkakêndêlan. ngedab-edabi, ngantos adamêl njêgrêgipun para senapati Inggris, Prancis, Ian inggih senapati Italie piyambak. Sampun gênah bilih bangsa wau badhe saya sêrêng pangamukipun dhatêng bangsa Nazi utawi Italie.

Ananging, gèk kadadosipunkadadosanipun. lajêng kadospundi ? Lan sapintên dangunipun anggènipun kuwawi nglawan ? Lybie kalihan Ethiopie sagêd suka wangsulan pitakèn wau. Botên wontên bangsa ing tanah jajahan kêndêlipun pêrang ngungkuli bangsa Lybie, inggih punika Sanusi, bangsa ingkang gagah prakosa, sênêng mardika Ian kêncêng anggènipun nggêgêgi kapitadosanipun. Bangsa Ethiopie anggènipun pêrang ugi kinanthèn ing kakêndêlan tekadan. Purun nrajang tank tuwin sênjata mêsin tanpa nyêpêng dêdamêl, Ian kala-kala inggih sagêd angsal damêl. Namung kemawon anggènipun angaal damêl wau ingighinggih. mawi kurban agêng sangêt. Sadumuginipun Graziani wontên ing Lybie, botên antawis dangu lajêng botên wontên wit utawi cagak lêntera ingkang botên wontên bangkenipun gumantung. Tiyang-tiyang sami dipun bêkta ing montor mabur sawatawis èwu inggilipun, lajêng dipun dhawahakên saking ing awang-awang. Sumbêr-sumbêr pangombèn dipun sukani racun Ian ugi wontên ingkang dipun tablêg mawi sêmèn, tuhu tindak ingkang saklangkung siya kaniaya sangêt ! Ingkang sagêd mangrêtos siyanipun tindak wau, ngêmungakên têtiyang ingkang sampun nate kêkesahan ngambah sagantên wêdhi. Tiyang-tiyang tawanan dipun giring dhatêng pakampungan, wontên ingriku lajêng dipun sapu mawi mimising sênjata mêsin. Dene têtiyang èstri tuwin lare-lare dipun ingah pêjah kalirên; kasatan utawi margi sakit.

Wiwit kina mila donya sawêg ngalami sapisan punika wontên bangsa nêmpuh bangsa sanès mawi patrap ingkang siyanipun kados makatên. Apêsipun wontên jurnalis Amerika satunggal ingkang nyipati patrap daksiyanipun Graziani ; lajêng ugi wontên tiyang andon lêlana bangsa Skandinavie ingkang botên pisan-pisan gadhah manah kirang sae dhatêng bangsa Italie Ian anggènipun mriku punika inggih botên niyat pados prakawis-prakawis ingkang nggêgirisi, punika ugi damêl andharan nyariyosakên punapa ingkang dipun sipati wontên ing tanah ngriku; karangan wau, sami-sami document ingkang wontên, kalêbêt nggêgirisi piyambak anggènipun nyariyosakên daksiyanipun tiyang-tiyang Italie wau.

Nalikanipun Italie nêntrêmakên Lybie wau, pintên èwu ingkang dipun pêjahi ?

Kula botên sumêrêp ; Ian saking pangintên kula inggih botên wontên tiyang ingkang sagêd sumêrêp. Bokmanawi 100.000; sagêd ugi tikêl gangsalipun utawi langkung. The Satsman's Yearbook taun 1910, sadèrèngipun Italie nêmpuh Lybie, kacariyosakên yèn ing Tripolitania punika jiwanipun antawisipun 800.000 dumugi 1.000.000. Sabên tiyang sampun sami mangrêtos; bilih wetanan punika manawi ing nagari ngriku krêta raraja (wontên tata Ian pranatan) enggal kathah sangêt indhakipun. Ing Palêstina ing salêbêting 20 taun tiyangipun Arab tikêl kalih tinimbang sakawit ; makatên ugi ing Mêsir indhaking jiwa inggih mèh sami. Ing taun 1921 mimiturutmiturut. cathêtan cacah jiwa, ing Lybie jiwanipun wontên 775.000. Lêt 15 taun lajêng suda namung kantun 772.000. Ananging tumrap bangsa Italie, prakawis punika botên dados punapa ! Waton Lybie sampun têntrêm.

Numpês panggaotan sarta nyurês tiyang sagêd.

Rèhning papanipun rupak, botên sagêd katêrangakên ingriki kanthi jangkêp mênggahing cara-caranipun panguwasa enggal wau anggène numpês indhustri, anggènipun ngandhapakên kabêtahaning gêsang padintênan, Ian anggènipun mangsulakên kawontênan samangke kadadosakên kawontênan kala jaman sèkêtan taun kapêngkêr utawi langkung. Bangsa Jerman anggènipun numpês indhustri ing Cechoslowakie sarana ngêcakakên pulitik ngobrak-abrik golongan tukang-tukang ingkang gadhah kasagêdan mligi kangge jaman modern. Mêsin-mêsin ing Cechoslowakie dipun usungi dhatêng Jerman, pabrik-pabrikipun botên dipun sukani guru bakal. Botên namung indhustri punika kemawon ingkang nêdya dipun tumpês. Sampun têrang, yèn wontên Cechoslowakie tuwin ing Polen, tindakipun Jerman ingkang wiwitan piyambak nyuwak wontênipun pamulangan têngahan sarta pamulangan luhur, punapadene nyurês golonganing tiyang sagêd ing ngriku, kados rancanganipun Jerman ingkang sampun dipun têmtokakên ing sadèrèngipun. Ing Polen, golongan tiyang sagêd, pangarang-pangarang, propesor, sêtudhên, ahli kukum, jurnalis, atusan ingkang sami dipun pêjahi sarana kasênjata. Anjawi punika, inggih ewon kathahipun têtiyang ingkang kalêbêtakên ing kampung konsentrasi.

Botên sagêd polah.

Sabab punapa bangsa Polên kalihan Cechoslowakie botên purun mbalela ? Ewon ingkang kêthukulan pitakenan makatên. Namung pitakenan kados makatên punika sampun têrang

--- 1449 ---

tuwuhipun saking ing pikiran kados pikiran dhemokrasi-libêral, ingkang botên mangrêtos dhatêng lampah-lampahipun paprentahan fascist. Bab punika kenging kula têrangakên ngantos gamblang, paprentahan fascist punika samangsa sampun nusuh sarta gadhah wadyabala sêntosa tuwin gadhah pulisi-pulisi sandi, ingriku sampun botên sagêd wontên kraman agêng-agêngan. Ing Polen tuwin ing Cechoslowakie ugi wontên kraman tuwin pambalela, nanging namung alit-alitan. Malah inggih wontên Ian kathah têtiyang ingkang sami nindakakên rêrêsah. Ananging, rèhning salêbêtipun Jerman pêpêrangan punika botên wontên ingkang wani narung-bingung ngrêbat kamardikanipun, makatên ugi ing salêbêtipusalêbêtipun. Italie karibêtan punika têtiyang Lybie botên purun nrambul damêl kraman, punika kenging kangge cihna bukti ingkang langkung mêlok tinimbang cênthangan-cênthangan ingkang kula aturakên ingajang,ingajêng. inggih punika, bilih dalasan tiyang ingkang kêndêl-kêndêl pisan mêksa kenging dipun bungkêm mawi patrap daksiya. Mbalela badhe mêngsah patrap daksiya wau botên badhe kêlampahan, jalaran ingkang kiyat-kiyat dipun brastha rumiyin, ingkang kirang kiyat lajêng nrimah ngawon, dene ingkang ringkih lajêng têlas manahipun.

Tindak siya dipun anggêp mulya.

Kêjawi punika inggih prêlu sami kita èngêti, bilih tindak siya wau anggènipun ngêcakakên mawi tatanan sarta pancèn sampun dipun rancang kadadosakên "cara" sarta "dhêdhasaring panindak". Makatên punika kalêbêt barang enggal; inggih punika bedanipun Fascisme kalihan imperialisme kapitalis. Imperialisme kapitalis ugi nindakakên daksiya; bab punika tanah Hindu, Ierland, Syrie, Marokko, sagêd nyariyosakên paiting lêlampahanipun. Ananging wontênipun patrap daksiya wau namung awis-awis tur tansah mawi dipun umpêt-umpêtakên. Wontên ing dalêm babad dèrèng nate wontên daksiya dipun junjung dados dhêdhasaraing gêgayuhan. Ananging cobi kula aturi mirêngakên têmbungipun nayaka pakaryan Dr. Robert Ley kala wulan Februari nalika sêsorah dhatêng para panuntun Nazis wontên in Lotz. "Panjênêngan kêdah têtêp têgêlan, supados pêpenginanipun "Fuhrer" kêlampahan saèstu. Sèkêt taun êngkas, pasitèn punika têmtu dados pasitènipun têtiyang Jerman ingkang sakalangkung krêta, Ian botên badhe wontên tiyangipum Pool tuwin Yahudi". Makatên wicantênipun Dr. Robert Ley.

Imperialisme totalitèr botên badhe sagêd lêstantun.

Manawi panguwaos-panguwaos totalitèr unggul juritipun, kita badhe ngalami jaman imperiailismeimperialisme. enggal. Imperialisme totalitèr punika badhe langkung daksiya, Ian - punika langkung wigatos tumraping babad - imperialisme totalitèr wau langkung kolot tinimbang kalihan imperialisme burjuis, ingkang ing sadèrèngipun sampun kasumêrêpan têrang yèn badhe lêbur. Têmtu kemawon cara enggal punika wau botên badhe dangu umuripun. Manawi nagarinipun sampun krêta raharja, têtiyangipun sampun gantos turunan sanèsipun, dalasan "bangsa ingkang kêndêl sarta tinitah kêdah marentah" pisan, bokmanawi mêksa inggih radi alus sakêdhik bêbudènipun. Manawi sampun makatên, lajêng wontên jaman enggal. Bangsa-bangsa ing tanah jajahan, ingkang botên badhe sagêd curês babar pisan, badhe sami ngalami lêlampahan enggal, lêlampahan ingkang nênuntun dhatêng pulihing kamardikanipun.

Namung kula kuwatos bokbilih jaman pêtêng punika wau badhe langkung dangu tinimbang kalihan jaman pêtêng ingkang sampun kapêngkêr ingkang dangunipun kirang langkung 20 taun, ingkang sampun sami kula kipatakên punika. Anjawi punika, tanah-tanah jajahan anggènipun badhe sagêd njênggèlèk punika namung manawi para mangrèh enggal wau sami pêpês dening kurugan karaarjan angsal-angsalanipun anggènipun njarah-rayah punika.

WANGSULAN SAKING REDACTIE

LnggananLêngganan. No. 2001.

1. Kwitantie ingkang kêdah mawi plakzegel f 0.15, inggih punika manawi gunggunging arta langkung saking f 10.- Bab punika murih gamblangipun kula aturi mriksani buku "Verordening segel 1921" basa Mlayu, damêlanipun Dept, van Financien, kawêdalakên dening Bale Pustaka, rêgi f 0.25.

2. Babad Giyanti wontên 21 jilid a f 0.50. lajêng dipun wêwahi satunggal malih isi pratelan nama-nama, Ian kaart, rêgi f 0.80: Wontên ingkang dipun bundhêl mawi samak kandêl, kadadosakên 4 buku, komplit namung rêgi f 12.-

3. Babad Tanah Jawi kintên-kintên badhe dados 30 jilid, rêgi a f 0.50. Pangêcapipun sampun dumugi jilid 23, dene ingkang sampun dipun jilid, inggih punika ingkang sampun kenging katumbas, sawêg dumugi jilid 15.

PANANGGALAN 1941

Redaksi Kajawèn sampun nampèni pananggalan taun 1941 saking :

1. Grafisch Cursus ing Bêtawi.

Pananggalan wau wulanan, rinêngga ing gambar, ing sabên lêmbar cètipun warni-warni, sagêd nyêthakakên bedaning angka, dhasaring dlancang tuwin sanès-sanèsipun. Pèninipun pananggalan wau katingal, pantês sangêt kangge rêrênggan wontên ing kamar panyêratan tuwin ing kantor-kantor.

2. O.L.Mij. Bumiputêra ing Ngayogyakarta.

Pananggalan punika prasaja, ngegla; cêtha saha sampun umum dipun sumêrêpi ngakathah. Mila kenging dipun wastani sarwa mapan dipun dèkèk ing pundi-pundi.

3. Batikhandel "Sri" ing Surakarta.

Pananggalan taunan. Kajawi mêpêki isinipun, ugi migunani tumrap para ingkang mbêtahakên sinjang sapanunggilanipun, badhe sumêrêp ancêr-ancêring rêrêgèn.

Redaksi Kajawèn ngaturakên panuwun.

--- 0 ---

TINDAK TÊGÊLIPUN JERMAN NGICALAKÊN RAOS KAMANUNGSAN

[Grafik]

Satunggiling nini-nini umur 89 taun kabêkta ngili dhatêng panggenan têntrêm.

[Grafik]

Sisaning barang-barang ingkang dipun bom, sami dipun pilihi.

[Grafik]

Baita motor ngêmot têtiyang badhe kabêkta ngungsi.

[Grafik]

Lare ingkang linêpatakên ing bêbaya bom, nanging kecalan bapa biyung.

--- 0 ---

SANADYAN GÊDHONG-GÊDHONG SAMI RÊMUK, MANAH TAKSIH ARAOS TÊTÊG, SATÊMAH RAHAYU INGKANG PINANGGIH

[Grafik]

Hertogin van Kent rawuh ing Royal Free Hospital, tinampi ing para verpleegster. Sang Putri tansah mahyakakên èsêm, ingkang angasrêpi manah.

[Grafik]

Kadhaton Buckingham kêtênggêl ing bom, Sri Nata Inggris tuwin Pramèswari mriksani karisakan kanthi têntrêming panggalih.

[Grafik]

Hertogin van Kent rawuh anuwèni para saradhadhu ingkang sami kêtaton.

[Grafik]

Hertogin van Kent dipun dhèrèkakên Lord Astor rawuh mriksa corp burgelijke reserve-verpleegstres ing ing Plymouth.

[Grafik]

Hertogin van Cloucester rawuh anuwèni têtiyang B.E.F. ingkang sami nandhang tatu, kala campuh wontên ing Duinkerken.

--- 1450 ---

TINDAK ADIL, LAN PANGADILAN

Panjurung saking Kyai Pacitan.

Gusti Pangeran kita, punika kadunungan sipat Maha Adil, mila inggih andhawuhakên dhumatêng para kawulanipun, supados sami nindadakênnindakakên. adil, Ian damêl kautamèn dhumatêng sasamining titah.

Ingkang sampun pênacakpinacak. ing kitab suci, wontên ayat ingkang suraosipun: Allah andhawuhake marang sira manungsa kabèh, supaya dipadhaa nindakake adil, lan gawe kabêcikan.

Têmbung adil punika asalipun basa Arab, nanging sampun mêratah kacampur kalihan basa Jawi Ian Mlayu. Dene kanggenipun ing basa Jawi, sagêd gadhah têgês : jêjêg (botên dhoyong) timbang (botên botsih utawi bau kapine), lêrês (botên nalisir utawi sisip). Tuwin s.s: taksih wontên malih. Mênggah molah-malihing têgês wau, namung kabêkta saking beda-bedaning lênggahipun tindak adil, saha tujuanipun ingkang dipun adili. Bab punika ingriki botên pêrlu kaandharakên panjang, jêr ingkang kula kajêngakên ingriki, namung sagêda kita manungsa punika mbudi murih kadunungan tindak Ian raos adil tumrap awakipun piyambak, sambêtipun kalihan bêbadan sanèsipun, nêtêpi ungêling piwulanging para sêpuh: Sing sapa wonge bisa ngadilake ing awake dhewe, mêsthi ora bakal diadili dening pêngadilane sapa bae. Piwulang punika pancèn nyata yêktos, jêr wontênipun tiyang dipun adili utawi dipun lêrêsakên dening pangadilaning sanès punika, jalaran pancèn dèrèng adil, jêjêg, utawi lêrês tindakipun. Dene manawi sampun adil; mêsthi botên badhe dipun adilakên (kenging prakawis). Malah saupami para manungsa sajagad punika, sampun sami sagêd adil-adil sadaya, sampun mêsthi lajêng botên wontên pangadilan. Nanging sarèhning botên sami adil, mila inggih lajêng wontên pintên-pintên pangadilan.

Mênggah wawasan lair, ingkang dipun wastani pangadilan punika inggih namung pangadilan ingkang dhinapuk dening kita para manungsa kemawon, kados ta : Pangadilan Landraad, Justitie, Landgerecht, Raad agami, t.s.s. dene mênggah wawasaning kabatosan, pangadilan punika wontên pintên-pintên èwu cacahipun, sarta sagêd wujud ing samangsa-mangsa Ian ing saênggèn-ênggèn. Malah tumrap para ingkang gadhah agami, pangadilan punika botên namung pinanggih ing ngalam donya ngriki kemawon, ugi badhe pinanggih ing ngalam dêlahan (achirat). Inggih pangadilan ing ngalam achirat punika ingkang inganggêp pangadilan ingkang sêjati (lêrês yêktos) ingkang umumipun dipun wastani: dintên kiyamat, cara jawinipun : dintên adêging pangadilaning Gt. Allah.

Para manungsa ingkang ing donyanipun dipun kaniaya ing liyan, tuwin tiyang ingkang ahli nganiaya ingkang bêbasan sawêg gêmblung jinurung, ngantos sami nêmahi pêjah, sami dèrèng angsal pangadilan ing donya ngriki, punika badhe kaimpun kaajêngakên ing pangadilaning Gusti ingkang maha adil wau. Ingriku sadaya wau, sami badhe angsal piwalês wohing tindakipun kalihan adil yêktos. Mila tumrap para ingkang nyungkêmi agami, sarta kandêl imanipun, mêsthi gadhah raos ajrih sangêt nindakakên ing tindak ingkang nalisir saking adil (jêjêg utawi lêrês). Sanajan ing ngasêpi, utawi sanajana sinung kadibyan pilih tanding ewadene mêksa botên purun nindakakên ing tindak duraka, ambêg siya; lampah cidra utawi numpês ing sêsami, jêr mêsthi badhe nampi piwalês, botêna ing donya ngriki, inggih wontên ing dêlahanipun. Ingajêng sampun kula têrangakên bilih mênggah raos kabatosan ing donya ngriki punika isi pintên-pintên pangadilan ingkang tanpa wicalan Ian pinanggih samangsa-mangsa, utawi ing saênggèn-ênggèn. Mênggah jerenganipun badhe kula têrangakên sawatawis kados ingandhap punika : kawuningana ! Gêsang kita ing ngalam donya punika, mênggah ing raos batin, tansah sêsambêtan (sasrawungan) kalihan dzat ingkang nitahakên, sarta kalihan sadaya titah ingkang asipat gêsang, tuwin sanès-sanèsipun. Kita manungsa sami gadhah hak saking sadaya kaanan wau, sarta kaanan sadaya wau ugi gadhah hak saking kita, ingkang wajib kêdah kita cêkapi, mila saugi kita botên sagêd nyêkapi (nimbangi) ing hak-hakipun sadaya kaanan-kaanan wau, lajêng têtêp ing botên adil kita. Ing samangsa kita botên adil, mêsthi lajêng kêpêksa kêdah dipun adili dening anggêr (pêngadilan kodrating ngalam), sarta lajêng kapatrapan hukum putusaning pangadilan wau. Dhumawahing hukum punika wontên ingkang ngegla, Ian ugi wontên ingkang samar, lan wontên ingkang ing donya ngriki, Ian wontên ingkang ing dêlahan. Mênggah têrangipun malih kadosdene pola-pola ingandhap punika :

I. Kita gêsang ing ngalam wadhag punika tinitahakên dening Pangeran kang murbèng titah, saking ngadam (dèrèng maujud) lajêng sagêd wujud. Wujud kita abadan rangkêp (jasmani Ian rohani) ingkang sarwa sampurna, Ian pinaringan pintên-pintên kanikmatan ingkang tanpa wicalan cacahipun. Mila adilipun kita wajib kêdah ugi malês (nimbangi) ing nugrahaning Pangeran, ingkang sampun kita tampi wau, sarana ngunjukakên sukur (sêmbah nuwun) Ian ngabêkti ngèstokakên ing sadaya dhêdhawuhanipun, nyingkiri sadaya awisanipun. Mila samangsa kita botên purun nimbangi (adil) sampun mêsthi inggih badhe ingadilan, ing pangadilaning Pangeran ing donya, tuwin ing akerat. Dene manawi kita sampun sagêd nêtêpi adil, inggih lajêng kalis saking dhumawah ing pangadilanipun Pangeran, ingkang limrahipun kabasakakên malêbêt suwarga tanpa kahisab (dipun priksa ing pangadilanipun Gusti Allah).

II. Sêsambêtan (sêsrawungan )ipun badan alus (rohani) kalihan wadhag (jasmani) kita

--- 1451 ---

manungsa, punika tansah ajêg anggèning samad-sinamadan. Badan jasmani suka pintên-pintên paedah, Ian pintên-pintên kanikmatan dhumatêng rohani, mila badan rohani wajib kêdah adil (nimbangi) ing kasaenanipun jasmani dhumatêng piyambakipun, inggih punika nyêkapi kabêtahanipun jasmani, kados ta : têdha, ombèn-ombèn, panganggè, pangrukti, panjagên ing kawilujênganipun. l.s.p. Manawi rohani botên adil (nglirwakakên) ing kuwajibanipun wau; sampun mêsthi lajêng pinrakawis ing pangadilan kodrating ngalam, sarta tinêtêpan ing ukuman, kados ta : siniksa manggèn ing jasmani ingkang sêsakitên, lêmbèk, ina (cacad), botên jangkêp pancadriyanipun, t.s.s. ingkang sadaya wau, sagêd maanani ing kasusahanipun rohani. Mênggah sêsambêtanipun badan rohani kalihan jasmaninipun punika kenging kasanepakakên kados angganing sasambêtanipun undhagi Ian bêkakasipun. Pun jasmani sampun kinodrat mêsthi mbangun miturut ing rohaninipun, kajawi manawi wontên sabab sukêr sakit sasaminipun. Mila manawi wontên kirang saening jasmani, dhawahing kalêpatan Ian patrapan, dhumatêng pun rohani.

III. Sasambêtanipun sri nata kalihan kawula (rakyat)nipun, bandara kalihan abdinipun, pangagêng kalihan karerehanipun, punika satunggal Ian satunggalipun wajib kêdah nyêkapi ing hak-haking sanèsipun. Kados ta : haking kawula saking ratunipun, punika sang nata wajib kêdah ngayomi, rumêksa ing kawilujênganing rakyat, dalah satanah wutah rahipun, adil paprentahanipun, botên daksawênang-wênang dupèh sawêg tinitah kawasa, t.s.s. dene hakipun sang nata, saking rakyatipun, pun rakyat wajib kêdah ngluhurakên, ngastuti sadaya dhêdhawuhan Ian pranataning nagari. Manawi golongan nginggil (pamarentah) utawi golongan ngandhap (pinarentah) punika botên adil, sampun mêsthi lajêng wontên pangadilan ingkang ngadili ing antawising pehak kalih wau, lajêng andhawuhakên ing putusan wujud patrapan dhumatêng sintên ingkang botên adil, kados ta : pintên-pintên para rakyat ingkang kadhawahan patrapan kinunjara, kabucal ing liyan tanah ; kaukum kisas t.s.s. Kosokwangsulipun ugi botên kirang, ratu benatharabinathara. ingkang kalungsur saking dhamparipun margi tinampik dening para rakyatipun. Sadaya wau, botên liya sabab-sababipun, kajawi margi botên adilipun.

IV. Sambêtipun para manungsa kalihan manungsa, ing dalêm bêbrayan umum ing donya. Kauningana ! Mênggah kawontênanipun para manungsa sajagad punika asnapun (maneka warni) sêsipatanipun wontên ingkang sugih bandha, wontên ingkang mlarat, wontên ingkang pintêr, wontên ing kang bodho, wontên ingkang tinitah kawasa, wontên ingkang langip (apês), t.s.s. Sagolong-golonganing para manungsa wau, sami gadhah hak piyambak-piyambak saking golongan sanèsipun. Mila adilipun sabên golongan kêdah adil, liring adil, kêdah purun nyêkapi ing haking golongan sanès. Upaminipun tiyang miskin, gadhah hak nampi pitulungan têdha saking kaum hartawan, para hartawan ugi gadhah hak pangaji-aji saking kaum miskin, kaum majikan kêdah purun ambêrahakên dhumatêng kaum bêrah, kalihan epahan samurwatipun, kosokwangsulipun kaum bêrah ugi kêdah purun bêrah dhatêng kaum majikan kalihan bêrahan samurwatipun, kaum wiryawan kêdah purun mulang muruk nuntuni dhumatêng kaum bodho, kaum bodho kêdah purun mêguru (nêdha tuntunan) saking kaum wiryawan. Kados makatên sapiturutipun. Manawi golongan-golongan wau sami nêtêpi ing dêdalaning bêbrayan umum, sampun mêsthi kawontênanipun jagad bêbrayan sagêd tata-têntrêm sêpên prakawis. Nanging manawi salah satunggal saking golongan-golongan wontên ingkang tilar adil, sampun mêsthi ing jagad lajêng kathah prakawis, kados ta : kraman, brontakan, paprangan, pogokan, jarah-jinarah, tumpês-tinumpês, rêbat hak, rêbat kawasa t.s.s. Saya kathah ingkang sami tilar adil, mêsthi saya agêng ruwêt rêntênging jagad, kadosdene ingkang sawêg kita alami punika. Dene mênggah patrapanipun anggèning sami tilar adil, inggih punika sami mangighmanggih. karisakan sadayanipun (kiyamat kobra).

[Iklan]

V. Sasambêtan kita para manungsa kalihan titah isèn-isèning jagad sanèsipun manungsa. Kauningana ! Sampun kawêca ing dalêm kitab suci, sarta ugi cocog kalihan kanyatahanipun, bilih sadaya titah ingkang kumêlip (gumêlar) ing salumahing jagad sakurêbing langit, punika sadaya sampun kinodrat dados hak kita manungsa, kenging kita prentah, kita kuwasani, sarta kita alap pigunanipun. Dados sadaya wau nama sami suka paedah dhumatêng kita ingkang tanpa wangênan mênggah agêng sarta cacahipun, nanging sadaya wau ugi gadhah hak saking kita manungsa. Mila adilipun, kita wajib kêdah nimbangi, nyêkapi ing hakipun sadaya wau. Manawi kita botên adil (nglirwakakên) ing kuwajiban kita tumrap ing sadaya kaanan wau, mêsthi inggih nama kenging prakawis, dipun adili ing pangadilaning ngalam, sarta ugi badhe nampi ukumanipun. Mênggah upaminipun ingkang adhakan kemawon kados ta : kita ing donya sampun mêsthi migunakakên (ambêtahakên) sandhang, têdha, gêgriya, dalah sapirantosipun, mila adilipun kita inggih kêdah ngrimati, ngrukti, Ian ngupakara ing sadaya wau, miturut anggêring kodrat, ing samangsa kita botên purun nyêkapi ing kuwajiban kita punika wau, sampun mêsthi pinatrapan, botên sagêd ngalap pigunaning sadaya wau kalihan sampurna trêkadhang malah sagêd adamêl kasangsaran. Kados makatên sasaminipun.Seharusnya hlm. 1452 dan seterusnya.

--- 1454 ---

DHATÊNG KAWAH IJÈN

Karanganipun Atmawijaya.

Pêthikan saking "Parahiangan"

Pancènipun anggèn kula gadhah sêdya badhe kêkesahan punika wiwit tumapakipun taun punika. Nanging kêlampahanipun sawêg kemawon, jalaran kêdah ngêmpal-ngêmpalakên sangu rumiyin. Sarêng sangu sampun kêmpal, manah lajêng bingung ; kêpengin nyobi numpak sêpur dalu kèwadankèwêdan. ingkang badhe dipun langkungi, mêdal Cirêbon punapa mêdal Cikampèk. Lajêng tuwuh malih sêdya kula badhe numpak eendaagsche ingkang bidhal saking Bandung jam 7.25 enjing, Ian kathah malih kêkajêngan sanèsipun.

[Grafik]

Sadangu kula manah bab têtumpakan, manah kula lajêng sênêng, jalaran èngêt yèn pêrlop kula radi dangu.

Sarêng bab lampah-lampahipun sêpur sampun pinanggih, pinanggihipun ngantos damêl kuluh-kuluhipun buku sêpur, kula lajêng nêmtokakên bidhal kula sakanca kalihan Ki Basajan.

Bidhal kula saking Bandung. Dintên ingkang kapisan kula sampun dumugi Ngayoja. Kalih dintênipun, ing wanci sontên, sampun dumugi Banyuwangi.

Saking pamanggih kula, tiyang kêkesahan punika têka lajêng kêtuwuhan manah nandhing-nandhing kawontênan-kawontênan tuwin pakulinan-pakulinan panggenanipun piyambak kalihan panggenan ingkang dipun dhatêngi. Makatên ugi kawontênan-kawontênan ing sauruting margi. Kangge tuladha, upaminpunupaminipun. Bandung kalihan Sumêdang, punika sampun têmtu wontên bedanipun, sanajan beda wau namung tumrap lataripun, kawontênanipun utawi hawanipun. Punapa malih manawi dipun raosakên, têmtu inggih lajêng sagêd mbedakakên. Nanging beda-bedaning raos wau botên ngantos damêl tuwuhing gagasan "punika sae, punika awon", jalaran lajêng èngêt bilih barang ingkang sae punika mêsthi wontên cacadipun, mangka sabên nagari gadhah tatanan piyambak-piyambak. Bêbasanipun: "desa mawa cara, nagara mawa tata."

Punika sawêg Bandung kalihan Sumêdang. Punapa malih yèn dipun tanding kalihan panggenan-panggenan saantawisipun Bandung kalihan Banyuwangi.

Wiwitipun katingal beda sangêt sarêng sampun nglangkungi Citandui. Tumrap ingkang dèrèng nate dhatêng tanah wetanan, beda wau têmtu kraosipun. Nanging sanajana tumrap ingkang sampun nate pisan, inggih kraos. Ingkang cêtha sangêt inggih punika cêngkaring siti sabin mawi dipun sêlang-sêling kalihan tanêman rosan. Wontên ingkang cariyos, bilih tanêman pantun dipun sêlang-sêling kalihan rosan punika sae. Nanging yèn buktinipun, botên makatên. Pantunipun andhap-andhap, sadhêngkul sampun uwoh, runggeanipun cêlak. Tanêman sanès-sanèsipun ugi katingal kêra-kêra. Ingkang katingal sae ngêmungakên kêbon klapa.

Cariyosipun, wit klapa wau botên ngêmungakên kapêndhêt wohipun kemawon, ugi kapêndhêt lêgènipun, kadamêl gêndhis. Jalaran saking mèh sabên dhusun wontên kêbonipun klapa, mila sok dipun têmbungakên yèn klapa punika dados têtalining panggêsanganipun tiyang-tiyang ing tanah wetanan.

--- 1455 ---

BANYUWANGI

Panjênêngan sadaya têmtu sampun sami uninga bilih Banyuwangi punika dunungipun ing pasisir. Hawanipun botên beda kalihan Cirêbon, Tanjung Priuk, Labuan l.s, Dhatêng kula kala samantên sampun sontên, njujug dhatêng pondhokan. Sarêng sampun ngaso, kintên-kintên jam 9 dalu, kula lajêng dolan dhatêng palabuhan, nglangkungi alun-alun kilèn Ian wetan. Kalêrêsan nalika samantên têrang, tur padhang bulan. Ing palabuhan ngriku rame sangêt, kathah tiyang ingkang sami dolan-dolan, ngantos atusan, wontên ingkang ngalèr, wontên ingkang ngidul. Wontên ingkang sami lêlinggihan, rêroyoman Ian kanca-kancanipun. Sadaya sami katingal sênêng.

[Grafik]

Margi ing sacêlakipun pasisir Banyuwangi.

Cariyosipun, sampun wiwit jaman kina, caranipun tiyang-tiyang ing ngriku, sabên tanggal 14 Jawi, sami dolan-dolan dhatêng pasisir. Malah ing jaman rumiyin cariyosipun langkung rame. Asring kemawon jêjaka utawi prawan sagêd angsal jodho, inggih jalaran saking têtêpangan wontên ing ngriku. Malah tumrap tiyang ingkang pitados Iann kasêmbadan, sadèrèngipun bidhal mawi ngrasulakên rumiyin. Sadumuginipun ing pasisir inggih namung mlampah thok, utawi rêroyoman kalihan kanca-kancanipun. Tumrap tiyang ingkang pitados, yèn sampun jam 12 dalu lajêng damêl jugangan. Yèn lêbêtipun sampun sasikut, lajêng mêndhêt wêdhi sakêpêl saking dhasaring jugangan. Wêdhi wau dipun sawurakên ing sabin ingkang badhe kagarap, punika kangge nulak ama.

Sampun wontên ingkang ngyêktosi lêrês Ian botênipun wêdhi wau kenging kangge tumbal. Cariyosipun, wontên ingkang kalêrêsan Ian wontên ingkang botên. Jalaran makatên wau namung kapitadosan.

Sabên wontên tiyang mêsthi kula cêlaki, jalaran kula gadhah pangintên, ingkang sami dolan-dolan ing ngriku punika ngêmungakên bangsa pribumi. Nanging jêbulipun botên, bangsa Walandi tuwin bangsa Tionghoa ugi botên kirang. Golonganipun lare botên ngêmpal kalihan tiyang sêpuh, misah ; ingkang dipun bêkta piul, gitar, lagunipun sakeca, sagêd narik manah.

Bab kawontênan ing ngriku badhe kula cariyosakên mawi sêkar : Sinom.

1. Datanpa amilih mangsa / tanapi amilih wanci / sabên tanggal ping patbêlas / wulan Jawi kang pinasthi / jalwèstri samya plêsir / kèhira datanpa petung / ing pasisir dunungnya / mung prêlu angenggar ati / ati rungsêp sanalika dadi lêjar //

2. Bêbarêngan Ian pra mitra / dhasar langitnya arêsik / wulannya katon angegla / lintangnya pating karêlip / kadi sung pudyastuti / mring kang samya andon laku / ombaknya ting karêlap / kasorotan dening sasi / pra kang mulat manahnya samya alêjar //

3. Anginnya sumilir tamban / sumribit anêmpuh dhiri / mawèh sêgêring kang angga / kadi panas dèn tepasi / paraunya ting sliri / layarnya pating palêndhung / Iampahnya Ion-alonan / sarwi krungu swara musik / lêlagonnya mawèh lamlaming kang manah //

4. Ing têngah-têngah samodra / katingal njênggêrêng wukir / lambungnya katingal mayat / katingal lêgok sakêdhik / yèn dèn sawang sing têbih / karya sêngsêming pandulu / ngegla cêlak kêwala / nggih punika pulo Bali / ting karêlip katingal damar kewala //

--- 1456 ---

DAYANIPUN GODHONG SATA

Godhong sata punika isi candu watawis 2 dumugi 8%. Candu wau mandi, sagêd luluh wontên ing toya utawi ngabar. Manawi ingkang sampun garing dipun bêsmi, kukusipun sagêd kêbêsmi dados kêluk, têlas botên wontên ingkang nyikal, dados awu.

Tiyang saha kewan manawi wadhukipun kalêbêtan candu sata ngantos kêladuk saking ukuraning kakiyatanipun, sagêd anjalari tiwas. Kewan alit-alit manawi mambêt sata eca ingkang sampun sêpuh saha sampun garing, sami sumingkir. Mila sata punika asring kangge nulak gêgrêmêtan ing salêbêtipun pêthi isi pangangge, gurêm ing patarangan ayam sapanunggilanipun. Duduhipun sata eca manawi dipun kecerakên ing tracak lêmbu ingkang lampahipun pincang, jalaran katèlipun dipun rubung ing êsèt, êsètipun lajêng minggat saking ngriku, wontên ingkang kêlajêng pêjah. Limrahipun tracak wau lajêng dipun siram toya apu. Anggènipun anjampèni makatên wau ngantos kalih tikangtigang. ambalan, adatipun sampun saras. Ugi wontên tiyang ingkang nyariyosakên, bilih tiyang dipun cakot sawêr punika, mèh kenging dipun tamtokakên jalaran saking botên anggembol sata.

Dayanipun awon candu sata dhatêng badan punika enggal katawis wontên tiyang ingkang alus tuwin ringkih katimbang ing tiyang ingkang kasar tuwin rosa. Dayanipun sata ingkang ampêg murugakên ngêlu, mumêt, cêgukên, umor, amêpêrakên pamanggih tuwin pangraos, amburêkakên paningal, otot kraos sakit, kêncêng sok plikatên, nyuda doyanipun nêdha, manawi sampun kulina panganggenipun sata, untunipun wontên ingkang katawis cêmêng, nyêkakakên dhatêng napas tuwin sasaminipun. Dene candu sata punika manawi kêkathahên ingkang klêbêt ing wadhuk, langkung-langkung yèn lêbêtipun wau carub kalihan alkohol, kajawi murugakên raosing badan kados ingkang kacariyosakên inginggil, ugi lajêng nuntak-nuntak tuwin murus ambal-ambalan, ugi sagêd anjalari dados tiwas.

Sanadyan sata punika ngandhut wisa ingkang ambêbayani, ewadene taksih kathah tiyang ingkang nglêgutakakên ngangge sata, mèh anggêr tiyang ingkang sampun diwasa, sami mêrlokakên ngangge sata.

Wontênipun tiyang sami kapiluyu ngangge sata punika, bokmanawi, sapisan : yèn panganggenipun sata punika namung limrah kemawon tuwin malih mawi dugi-dugi, candu ingkang kalêbêt ing salêbêtipun badan, botên sapintêna, prasasat botên andayani awon dhatêng badan. Ingkang kaping kalih : ing salêbêting angganipun godhong sata punika wontên jatipun plikêt, dipun wastani candu sata. Candu sata punika sagêd mêdal dhatêng jawi, ingkang sagêd kathah mêdaling glugutipun gantilan godhong sata, uwit tuwin urat ing salêbêtipun godhong ing sakiwa têngênipun gantilan sawatawis. Pikantukipun candu sata punika ingkang gampil ing wêkdalipun tiyang miwili sirung, ngundhuh utawi obèt godhong sata. Candu sata punika murugakên sêgêr dhatêng badan, ambêtipun arum sawatawis, sok dipun sadèni dening bakul sata. Wondene candu sata punika panganggenipun wontên ingkang dipun kuwiki alit-alit, dipun lêbêtakên ing salêbêtipun sata ingkang dipun linting kangge êsês. Wontên ingkang dipun jèr wontên ing toya lajêng dipun urapakên ing sata rajangan. Sawênèh wontên ingkang mangsulakên candu wau ing uwit sata tilas punggêlan utawi wiwilan, supados godhongipun sata sagêd mindhak raosipun tuwin mêwahi arum ambêtipun. Pangêjuripun candu sata punika ingkang langkung gampil, wontên ing toya asli wênyêdan gagang tuwin urat panunggulipun godhong sata utawi toyanipun gêdêbog ingkang sampun bosok. Wêdalipun candu sata punika ingkang sawatawis dêrês ing wancinipun godhong sata badhe dipun undhuhi utawi uwitipun badhe dipun wiwili tuwin dipun punggêl, pinuju trêncêng tuwin sawatawis dangu botên wontên jawah.

Ingkang kaping tiga : panganggenipun sata punika asring dipun carubi bumbu-bumbu ingkang sagêd anjalari raosipun sata suda ampêgipun, arumipun mindhak. Sagêd amurugi raos sêgêr sumyah dhatêng badan, ngicalakên antuk, papin, kêcut ing salêbêtipun cangkêm, sayah utawi mêwahi grêngsêngipun tiyang ingkang sampun sawatawis dangu anglampahi padamêlan awrat, punapa malih padamêlan angkat junjung wiwit nyandhak padamêlanipun malih tuwin amêpêr raosing badan ingkang sakit utawi pêrih, asrêping padhidhing tuwin sanès-sanèsipun.

Gandahatmaja.

SÊSUPE SAHA GÊLANG.

Rêdhaksi Kajawèn sampun nampèni kintunan barang saking S.M. Diwarno ing Kotagêdhe, awarni 1 sêsupe monogram mawi letter rêgi f 0.40 tuwin gêlang kaukir sarakit rêgi f 0.45, badhenipun sami mas Gs. Barang wau botên sagêd malih, namung manawi kenging kringêt mbalêrêt, nanging manawi kakumbah mawi sabun, utawi kakumbah toya asêm, lajêng mancèrèt malih.

Rêdhaksi Kajawèn ngaturakên panuwun.

WARTOS RÊDAKSI.

Langg. 1499 R. Dir. ing Têlawa. Karangan ingkang badhe panjênêngan paringakên (bab ngalamat) botên prayogi kaêwrat ing K. Karsaa maringi karangan sanèsipun, ingkang cêkak aos, maedahi ingakathah.

Sdr. Martadikara ing Kotagêdhe. Bab main catur (schaak) sampun wontên bukunipun ingkang langkung rowa. Mila botên prayogi kapacak wontên ing K. Karsaa paring karangan sanèsipun.

--- 1457 ---

PAARGYAN MALAYSIA ING MANILA

Ing Manila mêntas wontên paargyan nama Malaysian Fete, têgêsipun pistaning bangsa Mêlayu, manggèn wontên ing kadhatonipun Presidhèn Filipina (Quezon). Kawigatosaning paargyan pêrlu badhe ngawontênakên dêrma kangge mitululungi pandu jalêr èstri ing Filipina.

Ingkang sami tumindak damêl ing paargyan wau para student saking mancanagari, sarana ngawontênakên têtingalan warni-warni. Panganggènipun warni-warni, manut kabangsanipun piyambak-piyambak saha wontên ingkang namung têtuladan, kados ta cara Mlayu, Filipina, Siam, Burma, wontên ingkang cara Bali, Jawi tuwin sanès-sanèsipun. Ingriku lajêng katitik warni-warnining bangsa ingkang sami sinau wontên pamulangan luhur ing Manila.

Ingriku sarêng para student wau ngatingalakên kagunan jogèd, lajêng katingal warni-warnining jogèd ingkang sami nêngsamakên. Kacariyos tumraping bangsa Amerika sami kêtarik ing manah ningali pangangge Jawi tuwin kupluk, awit katingal nyalênèh. Dados sanadyan nyalênèh, nanging nêngsêmakên.

[Grafik]

Pres. Manuel L. Quezon tuwin putrinipun, sanès-sanèsipun para student bangsa warni-warni, sagêd kapirid saking pangganggènipun.

[Grafik]

Para sudent jalêr èstri nalika mara dhatêng panggung têtingalan sami jêjogedan angatingalakên kagunanipun piyambak-piyambak.

Grêngsênging para mudha ing kalanipun wontên paargyan makatên punika lajêng kèngêtan dhatêng kabudayanipun. Dhasar kalêrêsan para student wau sami gadhah pangangge jangkêp, mila punapa tumindakipun inggih botên nguciwane.nguciwani.

Tumindaking paargyan punika dipun wigatosakên ngakathah, malah Pres. Quezon sapandhèrèk anggènipun mriksani katingal rêna ing panggalih.

--- 1458 ---

[Iklan]

SÊSORAHIPUN Dr. SUMINI MUJANI WONTÊN ING MICROFOON P.P.R.K.

(Sambêtipun K. No. 101).

Ulahraga punika ugi ngindhakakên saening badan.

Kala wau sampun kula aturakên, bilih ulahraga punika ugi ngindhakakên saening badan, ramping tuwin nêngsêmakên. Dayaning ulahraga, sagêd anjêjêgakên gêgêr ingkang wungkuk, lajêng katingal lurus saha njêgêg. Dhadha ingkang gèpèng sagêd isi, kempol alit sagêd kêncêng ngrêspatèni.

Cahya pucêt sagêd sumringah, malah têrkadhang sagêd katingal sarasipun, pipi sagêd abrit tanpa dipun pulas, lambe mèngèr-mèngèr tanpa dipun bèngèsi.

Manawi badan saras, pupu tuwin suku inggih kiyat manawi kaangge lumampah, sanajan botên dipun damêl-damêl têmtu langkung nêngsêmakên. Manawi solahipun kadamêl-damêl, têmtu lajêng inggih kêsêl, satêmah lajêng kasupèn dhatêng pacakan. Beda manawi solahipun miturut kodrat, tumindakipun tamtu sagêd ajêg tuwin tanpa kêsêl. Dados tansah nênarik manah.

Ing nalika mumbul-mumbulipun kabudayan Hellas (Griek), ulahraga punika dipun wigatosakên sangêt, ngantos wontên cara ingkang langkung prayogi, inggih punika tindak ingkang sampun kapilih saha kanthi pamikir yêktos, dene pikantukipun sae sangêt, inggih punika kasarasaning tiyang, kakiyatanipun, saya malih tumrap wanguning badan, pinanggih sae tuwin nêngsêmakên.

Dados manawi têtiyang ing jaman sapunika gumun ningali rêca-rêca damêlanipun bangsa Griek kala jaman Hellas wau, sampun layak kemawon, amargi pawakan tuwin badanipun têtiyang ingkang kangge gambaran wau pancèn sae yêktos. Saening pawakan wau botên sanès jalaran saking anggènipun ulahraga, ingkang ancasipun pancèn kangge nyaèkakên pawakaning manungsa.

Ulahraga ingkang ngindhakakên kaprigêlan.

Ulahraga ingkang dipun wastani wontên damêlipun utawi migunani, punika kados ta: selas, nglangi utawi limrahipun sawarnining ulahraga ingkang sagêd ngindhakakên kaprigêlan ingkang mikantuki kangge panggêsangan tuwin padamêlan ing sabên dintên.

Murih saradhadhu pintêr tuwin brêgas anggènninganggèning. baris, sarananipun inggih ulahraga ingkang mikantuki wau, kados ta : baris mlampah. Tumrap padamêlan matrus; ulahraga ingkang migunani, nglangi, andhayung sasaminipun.

Kajawi punika, tumrap ulahraga, nglangi punika ugi kenging dipun wastani migunan: awit wontênipun ing tata panggêsangan, kagunan nglangi punika kadhang kala wontên gunanipun kangge têtulung badanipun piyambak utawi mitulungi tiyang sanès manawi manggih bêbaya wontên ing toya. Makatên ugi ulahraga silat, ulah dhuwung, sapanunggilanipun, punika wontên kala mangsanipun kenging kangge mitulungi badanipun piyambak ing kalanipun dipun têmpuh ing tiyang sanès, dados inggih migunani.

Cêkakipun, manawi majêng dhatêng sawarningsawarnining. ulahraga ingkang migunanipun, têgêsipun ingkang kenging dipun pigunakakên ing padamêlan utawi panggêsangan sabên dintênipun, tiyang gêsang tamtu saya agêng kapitadosanipun dhatêng badanipun piyambak, sagêd angindhakakên kabrêgasan, kêndêl, pikiran sagêd têntrêm, sagêd mitulungi badanipun piyambak utawi manawi pêrlu kangge mitulungi tiyang sanès, manah têtêg saha santosa sagêd lantip panggraitanipun tumrap dhatêng èwêt pakèwêt, sasamimipun.

Manawi para wanita ugi gadhah kasagêdan kados makatên, dayanipun tamtu inggih sami. Botên badhe ajrih manawi mlampah piyambakan ngambah ing margi ingkang sêpên tuwin pêtêng. Manawi ngambah krêtêg ingkang namung awujud dêling salonjor, botên badhe jêrit-jêrit jalaran ajrih manawi kêcêmplung.

Ulahraga ingkang kangge kasênêngan tuwin têtandhingan.

Kajawi ulahraga kangge ngindhakakên kasarasan, kabrêgasan tuwin kangge panggêsangan sabên dintên, wontên malahmalih. ingkang langkung agêng, inggih punika ulahraga kangge têtandhingan. Malah têtandhingan wau mawi angangkah unggul utawi misuwur, lajêng botên asipat ulahraga, malah lajêng dados satunggiling padamêlan awrat, inggih punika manawi sampun dados golongan "berupssport", inggih punika sport ingkang kangge pados panggêsangan.

--- 1459 ---

KAWRUH BATHIK WARNI-WARNI

(Sambêtipun K. No. 101).

Pandamêlipun toya tawas kados ing ngandhap punika:

Tawas 1/4 kati dipun toyani 1 1/2 blèg (30 l.) kagodhog ngantos umob sêpuh. Manawi sampun asrêp, lajêng barang ingkang mêntas dipun sari gamping wau kagirah kalihan toya campuran tawas wau kanthi dipun ulêt-ulêt ngantos waradin. Manawi sampun lajêng kakêbyok (kagodhog). Manawi lilin sampun rêsik, lajêng kagirah toya asrêp. Manawi sampun lajêng kagirah toya kacampur tawas, takêran raos kêcut mônda-mônda, lajêng dipun girah toya limrah. Punika sampun dados sinjang babaran.

Anggodhog soga kangge babaran Solo alus gênès.

Soga (jambal) 30 kati, tingi 6 kati, têgêran 24 kati, sêkar pulu 6 kati.

Kasêbut nginggil punika kadadosakên satunggal lajêng kagodhog dipun toyani 8 blèg, panggodhogipun umob sêpuh, kakantunakên 5 1/2 blèg; panggodhogipun 3 rambahan, kalêrêmakên dangunipun 3 dalu. Pangêclupipun soga kaping 25 utawi 30 rambahan. Dene caranipun nyoga makatên:

Sasampunipun talawah kaisenan soga, lajêng mêndhêt barang biron ingkang badhe kasoga kalêmpit wiron lajêng kacêlup soga dhatêng talawah wau, lajêng dipun ênyêt-ênyêt. Manawi sampun lajêng kasampirakên ing gawangan ing sanginggilipun talawah ingkang kangge ngênyêt-ênyêt soga wau supados atus. Manawi sampun atus lajêng kapêndhêt kagêlar ing siti utawi mêstèr kanthi dipun lambari kepang utawi sanès-sanèsipun supados botên rêgêd, dangunipun 1 dumugi 1 1/2 jam, lajêng kajèrèng wontên ing papan pamepean.

Manawi sampun garing lajêng kacêlup malih kanthi dipun ênyêt-ênyêt ngantos waradin, lajêng kasampirakên dhatêng gawangan wau. Manawi sampun atus, lajêng dipun gêlar malih kados ingkang sampun, dangunipun sami kalihan ingkang sampun. Manawi sampun lajêng kajèrèng kados ingkang sampun. Manawi sampun garing lajêng kacêlup soga malih têrus kasimpên wontên talawah ngantos sadalu, enjingipun lajêng kacêlup soga malih, caranipun kados ingkang sampun.

Sabên dalu mêsthi dipun rêndhêm (cêncêm) ngantos 5 rambahan. Soga wau sabên enjing kêdah dipun êngêt. Manawi sampun kaping 25 utawi 30 rambahan, lajêng dipun sari gamping.

Pandamêlipun sari gamping kados ing ngandhap punika:

Gamping 1 kati dipun toyani 10 blèg sarta lajêng kaudhêk, kacêmplungan gêndhis klapa 5 tangkêp. Gêndhis wau manawi badhe kacêmplungakên dhatêng toya sari gamping kêdah dipun jur kalihan toya rumiyin sacêkapipun. Sasampunipun jur-juran gêndhis kacêmplungakên lajêng kaudhêk. Manawi sampun mênêb, bêninganipun kasaring dhatêng wadhah sanès, dene loyoranipun gamping wau dipun jogi toya malih 10 blèg, ugi kacampuran gêndhis klapa 3 tangkêp. Manawi sampun, barang ingkang sampun kasoga 25 utawi 30 rambahan wau, lajêng kasari gamping punika. Dene panyêlupipun sari makatên:

Barang sogan wau kacêlup dhatêng bêninganipun toya sari gamping ingkang saringan sapisan, dipun ênyêt-ênyêt ngantos waradin. Manawi sampun waradin lajêng dipun êntas kacêmplungakên dhatêng sari gamping ingkang saringan kaping 2 kanthi kaêkum dangunipun 10 mênit, lajêng dipun ulêt-ulêt ngantos waradin. Manawi sampun lajêng kagirah toya limrah. Manawi sampun lajêng kacêlup ing toya campuran tawas, gêndhis batu, jêram pêcêl, lan têgêran.

Pandamêlipun toya tawas kados ing ngandhap punika:

Sari kuning 1/8 kati, tawas 1/4 kati, têgêran 1/8 kati, gêndhis batu 1/8 kati, jêram pêcêl 2 glundhung.

Kasêbut nginggil sadaya wau kagodhog sarêng dipun toyani 1 blèg, kagodhog ngantos umob sêpuh, barang ingkang sampun dipun sari gamping wau lajêng dipun cêlup dhatêng toya tawas campur sari kuning, têgêran, gêndhis batu, sarta kaênyêt-ênyêt ingkang waradin, lajêng kasimpên kawadhahan ing talawah karêndhêm sadalu, enjingipun lajêng kagirah toya limrah, lajêng kakêbyok (kagodhog). Manawi lilin sampun katingal rêsik, lajêng kaêntas kagirah kalihan toya limrah, sarta lajêng kagirah toya tawas. Dene pandamêlipun toya tawas wau takêranipun namung raos kêcut mônda-mônda.

Punika sampun dados babaran sinjang

Anggodhog soga kangge babaran Solo babaran dhagêl.

Soga (jambal) 10 kati, tingi 30 kati, têgêran 6 kati, sêkar pulu 2 kati.

Kasêbut nginggil dipun dadosakên satunggal lajêng kagodhog, dipun toyani 6 blèg. Dene panggodhogipun umob sêpuh, kakantunakên 4 blèg. Panggodhogipun kaping 3 rambahan kanthi dipun lêrêmakên kados ingkang sampun-sampun. Lajêng barang ingkang badhe kasoga dipun lêmpit wiron, lajêng kacêlup soga ing talawah, sarta dipun ênyêt-ênyêt kados ingkang sampun, lajêng kajèrèng ngantos garing. Panyêlupipun soga 6 rambahan, mawi karêndhêm sadalu sapisan, dados kaetang 7 cêlupan. Sasampunipun lajêng dipun sari gamping.

JAYÈNGWIGNYA, Ngayogya.

(Wontên lajêngipun)

--- 1460 ---

Jampi Jawi

(Ingkang nglêmpakakên Purnama)

(Sambêtipun K. No. 101)

II. Sapunika ngratusipun tapêl:

Ratus arum katumpangna ing anglo mawi layah, lajêng tapêl ingkang nyêmêk-nyêmêk wau kakurêpna ing layah isi ratus arum wau. Latu sampun agêng-agêng murih kukusing ratus nglandêng mulêg wontên salêbêting cuwo, manawi mbrabas kadalita murih rapêt; dadosipun tapêl tamtu arum sêdhêp.

III. Tapêl arum punika lajêng dipun glindhingi sabêton-bêton, kaêpe garing kasimpên. Sabên ngagêm sadintên satunggal, sagêd awèd. Yèn badhe ngagêm katoyanana mawi toya jêram pêcêl.

Pilis.

Pilis makatên kalarikakên ing bathuk sasampunipun pupuran, kawangun sakaparêngipun: tanggalan, nglabang, sp.

Paedahipun kajawi mêwahi ngêngrêng, ingkang pêrlu pigunanipun:

1. nyaèkakên cahya, jalaran mripatipun bêning, 2. têbih sêsakit bèlèk, mayo, racêk, 3. mbucal rêrêgêding mripat, 4. nggampilakên tilêm.

Racikanipun: 1. Jintên irêng, 2. Pala, 3. Cêngkèh, 4. Kêmukus, 5. Kêmbang pulu, 6. Adas, 7. Pulasari, 8. Ganthi, 9. Mêsoyi, 10. Pucuk, 11. Kayu sêcang, 12. Bêngle, 13. Godhong trawas, 14. Manis jangan, 15. Tawas sakêdhik, 16. Toya candu sakêdhik

Pandamêlipun sami kalihan ndamêl tapêl, dipun glindhingi alit-alit antawis 1/4 bêton.

Parêm (kangge kulit)

1. Salira dipun parêmi punika dayanipun awèt sêgêr botên gampil kisut, nadyan sampun sêpuh, 2. Sagêd ngicali rêrêgêd ing salêbêting bolongan alit-alit ing kulit, 3. Ganda sêdhêp, 4. Kulit lumêr lêmês, 5. Kulit rêsik jêne

Pandamêlipun: Pathining uwos ingkang rêsik, dipun toyani nyêmêk-nyêmêk dipun ratus supados arum.

Bumbunipun: 1. Pucuk, 2. Klêmbak, 3. Ganthi, 4. Mêsoyi, 5. Sintok, 6. Cêndhana, 7. Kayu timur, 8. Adas, 9. Klabêt, 10. Waron, 11. Kêmbang pulu, 12. Jamur impês, 13. Cung pandhan, 14. Têmu giring, 15. Kêncur, 16. Jae, 17. Sêre, 18. Jêram purut

Bumbu punika kagorèng sawatawis, nuntên kadhêplok, kaayak alus.

Pathining uwos ingkang sampun arum wau mêndhêt 1 kêpêl (±1/8 kg) kaulêt kalihan bumbu wau, lajêng kapipis alus, saking sakêdhik têrus dipun wêwahi pathi arum wau ngantos sacêkapipun bumbu, manut sakaparêngipun, liripun kêrsa arum yêktos, punika pathinipun sakêdhik, yèn trimah anggêr sêdhêp inggih kathah, lajêng dipun glindhingi bundêr sanèkêr alit, kaênyèk mawi driji supados bundêr gèpèng; wasana kaêpe garing, kasimpên. Yèn badhe ngagêm mêndhêt satunggal kaêkum toya mangêt-mangêt, kawênyêt-wênyêt kaborèhakên.

Ratus

Para wanita utawi putri jaman wingi-wingi botên pisah ratus, sabên dintên gêganda mawi ratus. Mênggah sêdyanipun sagêda sariranipun sakojur mawa ganda arum sêdhêp, dene gunanipun: mligi ngadi sarira ngganda arum murih botên ngênêk-ênêki ing sanès, nanging ngrêsêpakên, lênging panggalih, ingkang kakung (garwa, bojo) sampun gigu, jalaran èstri punika garapanipun sarwa pating klênyit: trasi, gêrèh, balur, lisah lan sanès-sanèsipun blêkêthêkan pawon sami campur wontên ing badan lan pangangge awor lan kringêt, sampun mêsthi lêdhis. Pramila sasampunipun gluprut wontên pawon lajêng siram sarta santun pangangge, nadyan lami, rêsik lan sêdhêp, margi karatus.

Bumbunipun: 1. Ganthi, 2. Mêsoyi, 3. Pucuk, 4. Cêndhana, 5. Kajêng gapuk, 6. Sêkar wangi, 7. Kajêng tênggiring, 8. Rasamala, 9. Unêm, 10. Lara sêtu, 11. Kulit dhuku, 12. Mênyan madu, 13. Gêndhis arèn.

Pandamêlipun.

Sadaya ingkang atos lan wulêt, kagorèng rumiyin lajêng ingkang lêmbat,lajêng kapipis ingkang lêmbat. unêm kabakar gosong, botên kagorèng. Sadaya wau kadamêl bubukan lêmbat, (botên pêrlu lêmbat sangêt).

Anggodhog gêndhis arèn ±1/4nipun bubukan racikan ratus wau, dipun sukani maduning mênyan, yèn godhogan punika sampun mrambut (sêpuh) nuntên bubukan saking sakêdhik dipun wur-wurakên kalihan kaulêt ngantos têlas. Wasana rasamala nututi kaulêt ngantos wradin lajêng kaêntas, dipun glindhingi sakaparêngipun, sampun dados ratus arum.

Anglo ratusan isi arêng, sampun agêng-agêng, ratus saglindhing kacêmplungakên, sadaya ingkang badhe karatus dipun jèrèng wontên pranji (kurungan sawung) anglo kumêndhêng wontên nglêbêt, sampun têmtu aruming ratus kêlèt wontên sêmbêt wau. Kajawi punika limrah para wanita taksih migunakakên ratus rema sasampunipun jamas. Caranipun rema kawiwir dhatêng wingking katutupan andhuk, ngandhap dipun pasangi anglo isi ratus, kêmêlun nampêg rema, wasana rema ngganda arum. (Wontên lajêngipun)

--- 1461 ---

Kitha Pusêring Kabudayan Jawi

III.

Jlêg... têkan Sala Balapan. Mêtu saka sêtatsiyun, nyengklak andhong, têrus mubêng ganjêt golèk panginêpan, nganggo taklèk patang warna, yaiku: kêpenak, gagah, komplit, murah. Wèh, aku ki pancèn rada trêmposipun, ana duwe pêpanggil kok tharik-tharik ngantèk kaya sêrdhadhu antre. Hla mbok tak rewangi gulung koming têkan krêtêg Bacêm, môngsa oleha panginêpan sing kêpenak, gagah, komplit, mêsthi kudu nganggo cucul dhuwit kêmropyok. Pangipênan sing murah, sêngara, êmpuk eyub lan ora bakal kêpenak, gagah, komplit.

Rèhne pêpanggilku ora katêkan kabèh, jur kêpêksa trima apa anane. Ananging ora atêgês aku wis mupus gêdhene sumendhe ing takdir, ora babarpisan, Truk, anane saiki panjênêngan ingsun pancèn isih dadi wong dhèrdhê klas... pangane, pamêtune, omahe, tunggangane, sêpure ènsopurêt, ananging anggêr têrus mêmpêng, ngêtok badan lan utêk ngudi lan anggayuh supaya dadi wong èrêstê klas mêsthi kêlakon, ora kêcandhak aku, iya anakku. Ora anakku, iya putuku, ora anak putuku, iya tanggaku utawa bangsaku. Nèk wis dadi manungsa klas wahid, aja sing ngrasakake turu nyang hotèl, slir utawa rusê oraa bisa, hla bok hotèl dhêsèn pisan, mêsthi bisa.

[Grafik]

Kanggone saiki, aku kowe pancèn sok isih rada disingkang-singkang, diunèkake kurang bêskapis... enz. Mulane sanajana sugih dhuwit pisan arêp adus nèng swem bat bae iya sok ditampik warasan. Kaya murid-murid H.I.K. ing Bandhung kae. Ana lêlakon kaya ngono kuwi, akèh sing banjur mèlu muring-muring, grênêngan, mangkêl, anyêl, ngontok-ontok lan sapanunggalane. Tumrap aku ora barang-bèrèng. Aku padha anjaluk supaya wêwênangku diajèni, adile, aku iya kudu gêlêm lan lila bangêt ngajèni wêwênange wong liya. Wong kang duwe swem bat wênang nampik dhayoh, sabab duwèke dhewe. Mulane nampik wong sing ora disênêngi mau, ora dosa ora barang, kêna-kêna bae. Kaya ngono kuwi malah kêna dijupuk êliding dongènge, yaiku yèn pancèn prêlu kudu wani ngukuhi wêwênang kang wis diayomi dening anggêring nagara.

Rèhne aku kowe kiye, sok isih dicacad kurang bêskap, mulane prêlu ngudi supaya cacad-cacad mau ilang, nganti dadi bêskap têmênan. Tak kandhakake bêskapSeharusnya hlm. 1462.

--- 1562 ---

têmênan, têgêse bêskap lair batin. Sabab ora kurang wong sing rumangsane wis bêskap, lan uwis wani ngarani wong liya durung bêskap, nanging bêskape awake dhewe palsu. Môngka "Il y a quelque chose de pire que la franche barbarie: c'est la fausse civilisation" ana prakara kang luwih anggêgirisi tinimbang patrap alasan ngêblak, yaiku bêskapêng kang palsu, mêngkono kandhane P Veron.

Mêsthine, saliramu rada gumun, dene ana ing Sala aku rada kêmaki, êmoh mondhok galoso nyang ênggone têpung-têpungaku. Môngka têpungaku nèng Sala okèh bangêt, tur iya okèh sing duwe omah ngoblag-oblag kêna dianggo turu wong rong atus jodho saanak-anake. Kuwi ana sababe sing wigati bangêt.

Saploke aku dadi wong tuwa, omah-omah dhewe, banjur bisa ngrasakake, yèn kinêpan sanak sadulur utawa kônca-kônca kuwi pancèn ana sênênge nanging iya akèh bangêt ribêde. Saya tumrap bangsane saaku, sing omahe mung saplênik, pamêtune sathithik.

Mulane tak arani ana ribêde, sabab wong sing kinêpan mau apêse banjur kapêksa suda kamardikane. Maune mulih nyambut gawe banjur turu poh, barêng kinêpan kapêksa ora turu. Mangkono uga prakara sêsuguhan iya marai repot, maune mung trima jangan kothok tempe bacêman, barêng kinêpan banjur kapêksa nganak-anakake, êmbuh ambêlèh babon, malah nèk rada êmoh diarani mlarat, sok banjur nekad ambêlèh banyak, kanggo nututi patut-patute.

Kajaba ribêd bangsane patut-patute mau, sok ana manèh ribêd sapele ning mêksa prêlu dièlingi bangêt, yaiku yèn sing diinêpi iku lagi mantèn anyar grès. Iki iya jan beka têmênan. Pangantèn anyar kuwi, sabênêre bae nèk didhayohi suwe-suwe, luwih-luwih yèn diinêpi, rasaning ati mêsthi risi bangêt. Hêm, ukur baju badan sêndhiri, ning umume mêsthi ngono.

Iya bênêr, bangsane dhewe kiye bab sênêng lan sumanake yèn kadhayohan utawa bab gastvrijheid cara Holansêprèkêne wis misuwur sajagad rad. Malah ngantèk wis kalêbu nèng buku Aencyclopedie barang. Cêkake prakara hati baik jan kêna diêndêlake têmênan. Ananging marga sok kêrêp kêladukên ênggone hati baik, sok banjur ngilangake kaprayitnaning batin. Ora kurang wong sing nandhang kapitunan gêdhe marga saka anggone hati baik bangêt mau. Mulane, nindakake hati baik utawa gastvrijheid mau mêksa prayoga yèn nganggo diwatêsi lan nganggo nyawang marang kaanan.

Sing arêp mêrdhayoh nginêp, kudu eling mênyang

--- 1463 ---

sing arêp didhayohi. Sing didhayohi, kudu eling marang kaanane sing arêp mêdhayoh nginêp, kabèh-kabèh dijaga supaya aja nganti gawe ewuh-pakewuh, dadi... padha kapenake.

Mulane, aku banjur duwe kaantêpan yèn ora prêlu utawa kapêksa bangêt aja nganti nginêp mênyang ênggone sanak utawa têpungan, dene prêlune cêkak aos bae, aja nganti gawe karibêdan.

Bab kaanane kutha Sala ora prêlu tak andharake panjang lebar, cukup tak cêkak aos: têrus maju. Midhênsêtan Indhonesir glagate bisa mundhak akèh. Indhustri bathik lan tênun ketok têrus mlaku. Prakara kasênêngan, iya isih ajêg komplit, Sriwêdari têrus gayêng, restoran-restoran yèn bêngi ajêg rame. Indhustri gadhean iya têrus gayêng bae kaya dhèk aku isih cilik kae. Bangsaning kagunan, luwih-luwih bab gamêlan lan jogèd apadene têtêmbangan iya maju. Kêjaba kupu kuwe karo menthok-menthok isih kodhèn wêtuning têmbang-têmbang lan sindhenan anyar. Cêkake bab kagunan Jawa, idhup.

Malah sawatara sasi saprene para guru pamulangan Kasunanan satêngah padha diwajibake bisa anjogèd, prêlune kajaba bisa luwês iya supaya bisa ngajari jogèd marang murid-muride. Sabên kabupatèn dianani kursus jogèd, kanggo mulang para guru mau. Cêkake bab kagunan jogèd pancèn diajokake bangêt. Kira-kira yèn pamulangan Kasunanan kabèh wis dianani wulangan jogèd besuk-besuke wong-wong padesan padha wasis anjogèd, gêndhing lan têtêmbangan saya luwih gayêng manèh yèn iya tumuli dianani sêkul opsinêr jogèd, sing mligi nitipriksa bab lakuning pangajaran jogèd ing pamulangan-pamulangan Kasunanan. Mêsthi bae bisane saya gayêng manèh, yèn sabên pamulangan disêdhiyani gamêlan rong rancak slendro pelog komplit. Yèn kaya mêngkono, kagunan Jawa jogèd gêndhing têmbang mêsthi andadi. Ananging, kira-kira ora têkan samono sabab wragate mêsthi akèh bangêt, tinimbang dianggo tuku gamêlan, mêsthine luwih bêcik ditanjakake kanggo ambêcikake sêkolahane, kanggo angganêpi prabot pasinaon (lir midhêlên) ensoprut kêjaba kuwi, yèn sabên pamulangan disêdhiyani gamêlan, bisa ngregoni anggone padha sinau. Upamane klas 2 lagi sinau etung, kêlas têlu blajar jogèd nganggo digamêli komplit, sing padha sinau etung bisa kanglêrên kêbanjur turu. Kêjaba kuwi, piwulang jogèd mau mêsthine mung dianggo sambèn, sabab sadulur-sadulur ing padesan butuhe nyang kawruh têrang isih akèh bangêt. Môngka kawruh sing dibutuhi bangêt wau tumraping panguripane wong padesan uwis têrang luwih migunani lan luwih maedahi tinimbang karo kabisan jogèd gêndhing têmbang.

--- 1464 ---

BABAD MINGGON

16 - 23 December.

Kawontênan ing Eropah.

Sakêdhap êngkas papêrangan ing Eropah ngancik ing laladanipun taun 1941. Punapa taun ngajêng punika badhe dados taun bêdhamèn, botên wontên ingkang sumêrêp kêjawi Ingkang Mahakuwasa. Dumugi ing pungkasaning taun punika, mênggaha main catur (schaak) makatên, ingkang sami pancakara taksih gogèt. Inggris ingkang waunipun dipun êpak sangêt kalihan Hitler-Mussolini, jêbul triwikrama, kakiyatanipun tikêl tikuk tinimbang kala wiwit pêrang.

Sampun dangu Jerman-Italie badhe mulut Spanyol supados nggamblok dhatêng nagari Indhên sarta lajêng tumut ngrubut Inggris, namung dumugi pungkasaning taun punika, dèrèng kêlampahan. Spanyol taksih têtêp non-belligerent, botên tumut pêrang.

Tumrapipun nagari ingkang sawêg sami pancakara, sikêp tuwin adêgipun Spanyol punika kalêbêt prakawis ingkang wigatos. Spanyol pancèn gadhah melik badhe nguwaosi Gibraltar tuwin Marokko, namung kawontênanipun nagarinipun piyambak sawêg ribêd, langkung-langkung ribêd prakawis ekonomi, mila botên purun tumuntên ngombyongi Jerman-Italie, sanajana sampun dipun sagahi badhe dipun sukani tlatah pasitèn ingkang dados impènipun wau. Dene Inggris, kados ingkang sampun kacariyosakên ing bahad minggon ingkang sampun-sampun anggènipun nggondhèli Spanyol murih botên tumut pêrang, sarana tinangsulan ing prajanjian dagang ingkang mikantuki sangêt tumrapipun Spanyol. Ugi wontên wartos nyariyosakên yèn Amerika sagah nyambuti arta dhatêng Spanyol, namung mawi taklèk sok ugi Spanyol botên tumut pêrang. Wartos punika, sanajana pawingkingipun dipun dorakakên, namung mêksa kenging kangge nyumêrêpi mêmanahipun Amerika, bilih Amerika inggih tumut nggondhèli Spanyol sampun ngantos tumut pêrang.

Kala minggu wingi wontên lêlampahan alit, nanging mêksa kalêbêt gawat. Laladan Tanger sakilènipun Gibraltar (dados kalêbêt laladan Marokko) kenging dipun wastani dipun broki babar pisan kalihan Spanyol. Tanger punika wiwit kala pêrang agêng ingkang rumiyin kadadosakên laladan intêrnasional, dipun êrèh ing paprentahan ingkang dipun awaki wêwakilipun Inggris, Italie, Prancis tuwin Spanyol. Paprentahan wau sami dipun kèndêli dhatêng pamarentah Spanyol, Tanger lajêng dipun kuwaosi Spanyol piyambak. Makatên ugi prajurit ingkang njagi ngriku, inggih punika prajurit Marokko, dipun kèndêli sadaya lajêng dipun santuni prajurit Spanyol. Tumrapipun Inggris, trajangipun Spanyol punika sampun têrang mitunani sangêt. Jalaran Tanger punika prasasat dados sisihanipun Gibraltar, dados inggih ugi dados kuncinipun Sagantên Têngah. Wontênipun samangke, Inggris dèrèng nindakakên rêrigên sanèsipun, kêjawi namung nampèkakên protês kêras dhatêng Spanyol, asuraos mitêrang punapa ingkang dados kajêngipun Spanyol. Manawi Spanyol pancèn niyat ngêjègi sarta ndhaku tlatah wau, Inggris badhe damêl rêrigên piyambak ngrêksa kabêtahanipun.

Dumugi ing akiripun minggu wingi, padudon prakawis Tanger punika dèrèng njalari bêngkrikipun Inggris kalihan Spanyol. Kalih-kalihipun taksih sami ngupados margi, murih prakawis wau sagêd sirêp sarta adamêl marêmipun kêkalihipun.

Salêbêtipun minggu wingi, Prancis inggih dados pêpandênganipun tiyang sajagat. Kados ingkang kawartosakên kala minggu wingi, vice-premier Laval dipun cuthik saking paprentahan Vichy. Malah botên namung kacuthik, nanging inggih lajêng dipun cêpêng sarta dipun tahan wontên ing griyanipun piyambak.

Têtiyang sajagat sampun sami mangrêtos, yèn Laval punika prasasat dados dêdamêlipun Jerman. Malah ugi sampun kasumêrêpan ingakathah, bilih nalika jaman pêrang Abbesinie, anggènipun Laval mbibrah rêrigênipun Volkenbond, ingkang tundonipun adamêl unggulipun Italie, punika jalaran tampi bêsêl saking Italie. Mila Laval punika tumrapipun tiyang Prancis namanipun sampun radi mambêt kirang sae. Saya sarêng Prancis ambruk, ngantos kêlampahan dipun jègi Jerman saperangan, Laval lajêng saya katingal sangêt anggènipun botên dipun rêmêni rakyat Prancis, jalaran lajêng saya katingal anggènipun dados prabotipun pulitik Jerman:

Miturut katêranganipun United Press, anggènipun Piere Laval lajêng kacuthik saking paprentahan Vichy punika, jalaran piyambakipun nindakakên pokal dhêdhêmitan nêdya ngrêbat panguwaosipun Petain, sarana badhe ngrakup kanayakan sajawining praja, urusan babagan pulisi winados, sarta kanayakan babagan arta. Kêjawi punika, ugi wontên tindak-tandukipun Laval ingkang kaanggêp badhe cidra dhatêng bangsa Prancis. Mila bakda rêrêmbagan kalihan pangagêng-pangagêng Jerman ing Paris, wangsulipun dhatêng Vichy, Laval lajêng dipun takêr warêg kalihan Petain, cêkak aos, Petain nêrangakên manawi sampun botên pitados dhatêng piyambakipun. Sapunika kantun milih, Petain punapa Laval ingkang kêdah kèndêl. Putusaning rêmbag wontên ing parêpatan kanayakan wau, Laval ingkang kêdah kapocot. Botên gantalan dintên Laval lajêng kacêpêng sarta katahan wontên ing griyanipun ing Chateldon, 32 km saking ing Vichy.

Jerman rumaos kecalan prabot. Mila tumuntên gêgancangan utusan wêwakilipun ing Paris inggih punika Abetz, kapurih ngluwari Laval. Dumugi ing Vichy, Abetz nggêrtak dhatêng Petain, manawi Laval botên dipun luwari, Prancis sadaya badhe dipun jègi. Laval lajêng dipun luwari.

Ingkang nggêntosi Laval, tilas nayaka wrêdha Flandin. Kadospundi badhe trajangipun Flandin? Taksih pêtêng. Wontên ing glanggang pulitik kala wingi-wingi, Flandin punika katingal condhong sangêt dhatêng Inggris. Malah kêrêp dipun cacad kêladukên anggènipun ngrojongi Inggris. Namung wontên ingkang ngintên, bilih anggènianggèning. condhong dhatêng Inggris punika namung

--- 1465 ---

gêlar kangge nutupi pulitikipun piyambak. Namung bakda prajanjian ing Munschen (Hitler ngrauk Cechoslowakie), trajangipun Flandin katingal ewah, inggih punika katingal "nguja" dhatêng Hitler. sarta mligi namung nêngênakên dhatêng kabêtahanipun Prancis piyambak. Daya pangaribawa Prancis wontên ing Eropah têngah tuwin wetan dipun undurakên. Cêkak aosipun, Prancis namung badhe ngrêmbag kawilujêngan sarta bêtahipun piyambak. Prakawis nagari Eropah sanèspun botên dipun manah. Punika trajangipun Flandin. Dene trajangipun samangke badhe kadospundi ? Botên kasumêrêpan. Namung ingkang sampun têrang, trajangipun Flanding mligi badhe mikantukakên awakipun piyambak sarta inggih mikantukakên kabêtahanipun piyambak babagan arta. Makatên pupuntoning pamanggihipun A.N.P.

Manawi tandha-tandha ingkang sampun wontên punika botên mlênyok, Prancis taksih gadhah sawung kalih ingkang gadhah antêp botên purun dipun rangkul Jerman, inggih punika Weygand kalihan Darlan. Weygand dipun singkirakên kalihan Petain dhatêng Afrika-Lèr, punika wontên kajêngipun ingkang wigatos. Afrika Lèr manawi pancèn pralu sagêd tumandang nyêpêng dêdamêl malih. Milanipun Weygand kapapanakên wontên ingriku supados botên gampil dipun pêtêl Jerman, sarta supados sagêd radi ngêndhakakên trajangipun Jerman anggènipun badhe nyrimpug Prancis. Dene Darlan pangagêng wadya lautan Prancis, punika inggih sabaya pêjah kalihan Petain. Nalika Jerman nêmbung badhe nyambut utawi nêdha dêdamêl lautan Prancis, utawi nalika kaajak sarêng nêmpuh Inggris, Darlan kêkah botên purun. Mila sanajaqna Flandin namung nunggal misah kemawon kalihan Laval, namung ine kalangan paprentahan Prancis taksih wontên sawung sanèsipun ingkang sagêd ngêrèm trajangipun Flandin. Kajawi punika, wontên malih pasal ingkang wigatos, ingkang sagêd ngêngèl-êngèl lampahing pulitikipun Jerman dhatêng Prancis, inggih punika rakyat Prancis piyambak, ingkang umumipun taksih gumrêngsêng raosipun sêngit dhatêng bala kurawanipun Hitler.

Sêsambêtanipun Amerika kalihan Inggris.

Têtiyang Amerika sampun sami yakin Ian mangrêtos saèstu manawi pêrangipun Inggris mêngsah Jerman-Italie, punika botên namung nglabêti kabêtahanipun piyambak, nanging ugi nglabêti nagari-nagari sanès, kalêbêt ugi Amerika. Mila wontênipun samangke Amerika saya ngêblak anggènipun nêdya mitulungi Inggris. Ananging, rèhning Amerika piyambak inggih sawêg arungan damêl inggih punika nyantosakakên nagarinipun piyambak, punapa inggih kabêrkobêr. utawi sagêd kathah saèstu anggènipun suka pitulungan dhatêng Inggris ?

Pitakenan makatên punika kêrêp ndadosakên prihatosipun nagari-nagari dhemokrasi. Namung, wiwit kala minggu wingi, prihatos wau prasasat sampun ical blas, jalaran Roosevelt sampun nggiyarakên antêpipun Amerika anggènipun badhe mitulungi Inggris. Kala tg. 17, ing salêbêtipun konpêrènsi Pèrês, presidhèn Roosevelt nglairakên sêdyanipun anggènipun badhe nyudhiyani kabêtahanipun Inggris bab montor mabur tuwin obat mimis. Ingkang dados rancanganipun Amerika, nomêr satunggal, botên prêduli punapa kemawon "Inggris kêdah mênang". Mila pabrik-pabrik ing Amerika badhe dipun sêngkakakên panyambutdamêlipun, kaangkah-angkah sagêda ngantos têtêp anggènipun damêl barang-barang kabêtahanipun Amerika tuwin Inggris. Prakawis bayaran arta, prakawis sambutan, kalêbêt wingking, ingkang nomêr satunggal Inggris kêdah mênang. Makatên katêranganipun Roosevelt.

Waunipun Amerika punika taksih mangro, inggih punika kadunungan raos "kêdah mituIungi Inggris" kalihan "botên purun pêrang". Manawi Amerika ngêblak mitulungi Inggris, tundonipun gampil kêsangkut tumut pêrang. Manawi nêtêpi anggènipun netral Ian nêdya botên tumut pêrang, inggih kêdah botên ngêblak anggènipun mitulungi Inggris. Raos mangro (dualistisch ) makatên punika, nitik katêranganipun Roosevelt, sampun têrang ical. Pindênganipun Amerika kantun satunggal inggih punika mitulungi Inggris. Dene prakawis katut pêrang, têmtu kemawon sasagêd dipun singkiri, kêjawi mawi lampah sanès-sanèsipun inggih mawi lampah nyantosakakên wadyabalanipun. Prajurit lautan Amerika ingkang kapapanakên wontên ing Hawai taksih têtêp kapapanakên wontên ingriku. Lan saking usulipun pangagêng wadya lautan, sampun ngantos kapindhah dhatêng sanès panggenan. Sêdyanipun Amerika punika sampun têrang, inggih punika kangge ngêrèm kancuhanipun nagari Indhên ingkang wontên ing Asia.

Sanajana botên sêsambêtan kalihan lampahing pulitik Amerika, mêksa prêlu kapèngêtan wontên ing babad minggon, inggih punika kala minggu wingi Paduka Prinsês Juliana martamu dhatêng presidhèn Roosevelt, tinampenan kanthi gambira. Katingalipun kados botên patos wigatos, namung rawuhipun paduka Prinsês Juliana wau sagêd saya ngrakêtakên pamitranipun Amerika kalihan Nederland ingkang sawêg nandhang cintraka dening kêjegan gêgêlahing jagat.

Swasana pulitik ing Asia.

Padudonipun Indochina kalihan tanah Thai taksih lajêng, sanajana dèrèng ngawontênakên banjir rah. Namung bab rêmbagipun Prancis, inggih punika anggènipun sagah rêrêmbagan kalihan Thai mbèrèsakên panêdhanipun Thai, dumuginipun minggu wingi dèrèng wontên kawusananipun.

Manawi sêsambêtanipun Jêpang kalihan Amerika, kados-kados wontên glagatipun sae, samantên wau manawi "gêlar-gêlar" ing jawi wau cocog saèstu kalihan ing "lêbêtipun". Nalika tg. 19 December, nalikanipun pista pêpisahan (kangge ngurmati badhe mangkatipun wêwakil Jêpang enggal Nomura), nayaka sajawining prapraja. Yosuke Matsuoka nglairakên pangajêng-ajêngipun Jêpang dhatêng Amerika. Wiraosing sêsorah kenging kacêkak aos, Amerika kapurih sabar, satra angèngêtakên bilih pasulayanipun Jêpang kalihan Amerika punika, manawi ngantos daosdados. pasulayan agêng, sagêd njalari lêburing kabudayanipun Jêpang kalihan Amerika. Matsuoka katingal sangêt anggènipun mbêbana dhatêng [dha...]

--- 1466 ---

[...têng] Amerika supados Amerika ing sadèrèngipun nindakakên rêrigên ingkang badhe damêl sangsaraning manungsa, puruna manah rumiyin. Nitik pangajêng-ajêng makatên punika, kados-kados suka galagat sae, inggih punika, Jêpang pancèn kêpengin sagêda mulihakên sêsambêtanipun kalihan Amerika. Namung ing pungkasanipun sêsorah wau wontên gongipun sakêdhik, ingkang sagêd nyuda aosing pangajêng-ajêng wau, inggih punika anggènipun nêrangakên bilih Jêpang têtêp tumut mubêng wontên ing Indhên Jerman-Italie. Namung, anggènipun nêrangakên makatên wau botên pisan-pisan "ngancam" dhatêng Amerika, nanging mligi nêtêpakên punapa ingkang sampun dipun antêpi Jêpang.

Ubat-ubêting katêranganipun nayaka sajawining praja Jêpang punika pancèn radi ngodhêngakên. Mila glagat sae wau punapa inggih badhe mahanani lêlampahan sae saèstu, punika namung kantun ngêntosi kadospundi dadosipun ing têmbe wingking.

Papêrangan ing Lybie tuwin Albanie.

Sanajana Radio-Roma tuwin Gayda - slomprètipun Mussolini - ing sêmu ngrèmèhakên sangêt dhatêng kamênanganipun Inggris, mêksa botên sagêd nyuda kaurmatanipun wadyabalanipun Jendral Wavell ingkang sampun sagêd nyêmpal suwiwinipun Mussolini wontên ing Afrika punika.

[Grafik]

Jendral sir Archibald Wavell Senapati umum wadya Inggris ing Lautan Têngah.

Sampun botên kenging dipun paibên, bilih karisakanipun Italie - lair batos - pancèn agêng saèstu. Dumugi ing akiripun minggu wingi, kathahing tawanan mindhak dados 31.546, opsiripun 1.626. Prabot kapurantos pêrang punapadene obat mimis ingkang dhumawah ing tanganipun Inggris, inggih tanpa wicalan kathahipun. Punika sampun têrang njalari sudaning kakiyatanipun Graziani, sanajana wartosipun Graziani taksih gadhah prajurit 200.000.

Namung wontên kamênanganipun Inggris ingkang dede baèn-baèn aosipun, inggih punika anggènipun lajêng tumuntên sagêd ngrêbat Sollum sarta ngurak-urak mbibrahakên barisanipun Italie. Saking ing Sollum wadyabala Inggris tumuntên kaangsahakên majêng, nêdya ngrêbat salah satunggaling kuncinipun Lybie ingkang wigatos sangêt, inggih punika Bardia.

Kita punika pancèn dipun sêntosani saèstu kalihan Italie. Mila lampahipun prajurit Inggris inggih botên lajêng santêr sangêt kados nalika nêmpuh Sidi Barrani tuwin Sollum. Pangagêng wadyabala Inggris botên ngikipi rêkaosing lampahipun, anêrangakên bilih anggènipun badhe ngrêbat Bardia punika pancèn angèl, kados badhe ngrêmuk kêmiri! Anamung ing akiring minggu wingi prajurit Inggris mêksa sampun sagêd nyathut Bardia, sanadyana wadya Italie taksih kêkah nanggulangi. Sêsambêtanipun Bardia kalihan kunci sanèsipun inggih punika Tobruk, sampun wiwit mrênding, kathah uthutipun tumuntên pêdhot. Miturut wartos kala tanggal 20 December, kitha Bardia sampun binaya mangap kinêpung wakul, botên wontên prajurit Italie ingkang sagêd oncat saking gêgêmanipun prajurit Inggris. Mangka miturut pêpetanganipun Inggirs,Inggris. prajurit Italie ingkang kapapanakên wontên ing Bardia punika wontên 2 divisie (±-10. - 20.000). Manawi kitha wau dhumawah Inggris-Italie saèstu badhe saya kêtantingan saèstu.

[Grafik]

Jendral Sir Maitland Wilson Senapati wadya Inggris ingkang campuh kalihan wadya Italie ingkang dipun tindhihi dening Maarschalk Graziani.

Pêrangipun Italie wontên ing Albanie inggih têrus kêtantingan. Lampahing prajurit Griek ingkang mêdal pasisir sagêd ngurak-urak prajurit Italie, ngantos sami sumingkir saking ing laladan têluk Palermo. Kitha Kilsura sampun dipun bêsmi dhatêng prajurit Italie piyambak, sarta tinilar sêmprung. Mangka kitha punika tumrap lampahing papêrangan pancèn wigatos sangêt. Anggènipun ngantos katilar punika, kenging kangge pasêksèn bilih Italie pancèn sampun saya rêkaos saèstu. Lajêng kitha Chimara, ugi kitha wigatos, sampun kakêpung prajurit Griek.

Bab rêkaosipun Italie wontên ing Lybie tuwin Albanie sampun têrang. Jerman lajêng kadospundi ? Punapa botên mitulungi Mussolini ? Sawatawis dintên kapêngkêr, Jerman sampun nêrangakên yèn botên badhe mitulungi pêrang-Dilanjutkan pada hlm. 1467 setelah tanda garis.

--- 1467 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking sêrat-sêrat, kabar sanès.

TANAH NGRIKI.

Propagandha Kolonisatie. Ing laladan Bulu, Sukoharjo, (Surakarta), kadhatêngan juru sêsorah saking Lampung, nama Pak Gondosumarto jalêr èstri. Pak Gondo punika ingajêng dhalang, lajêng boyongan dhatêng Lampung kala ing taun 1938, ing sapunika kautus propagandha. Sêsorahipun Pak Gondo sakeca dipun mirêngakên, kathah ingkang sami kapranan.

Malaria ing Nganjuk. Ing dhusun Sumbêrmiri, Nganjuk, wontên tiyang 95 sami sakit. Miturut papriksan dhoktêr, sami sakit malaria. Sarèhning dhusun ngriku punika têbih ngrika-ngriki, ingkang bupati maringi pitulungan têdha ing salêbêtipun têtiyang ingkang sami sakit wau dèrèng sagêd nyambutdamêl, cêkap kangge 10 dintên.

Malaria ing pasisir Kidul. Ing bawah Kêdhiri tuwin Madiun sisih kidul tuwuh sêsakit malaria. Têtiyang ingkang kêtrajang, ing Prigi 170, Kalibatur 580, Bêsuki 500 sami bawah Tulungagung. Ing Munjungan, bawah Pacitan, wontên 1300. Ing Bumiayu, bawah Blitar, ugi kathah tiyang sakit. Ing Prigi wontên tiyang 7 ingkang kapatah ngêdum tablèt. Sadhiyanipun tablèt 50.000 iji.

Pabrik gêlas ing Tuban. Miturut wartos, ing Tuban saèstu badhe wontên ingkang ngêdêgakên pabrik gêlas, apawitan f 1.200.000.-. Gurubakalipun pasir wêdalan ingriku. Ingkang badhe dipun damêl ingriku gêndul kasar kangge wadhah jampi. Kajawi punika badhe damêl gêndul bier cacah sadasa yuta ing dalêm sataun.

Pêkên Dêrma Budi Wanodya. Kala ing malêm Ngahad tanggal 15 wulan punika Pêkên Dêrma Budi WanodyoWanodya. ing Sêmarang sampun kabikak. Manggènipun wontên ing kabupatèn. Angsal-angsalanipun Pêkên Dêrma wau badhe kadêrmakakên dhatêng : Alg. Studiefonds B.W., Roode Kruis, Armenzorg Mardi-Mardowo, tuwin Ind. Schoolklederen voedingsfonds. Angsal-angsalanipun Pêkên Dêrma wau f 800.-.

Ama sêgawon ajag. Kawartosakên, ing bawah ondêr-dhistrik Sruwêng, Kêbumèn, wontên ama sêgawon ajag ingkang purun ngrisak ingah-ingahan maenda, banyak tuwin sanès-sanèsipun. Dene ingkang dipun tênggêl ing dhusun Mênganti, ngantos nêlasakên ingah-ingahanipun têtiyang ingriku.

Indhaking waragad ing gemeente Malang. Indhaking waragad ing gemeente Malang sabên wulanipun botên kirang f 7432- Mênggah sababipun, tumrap amtênar pintên-pintên ingkang sami dipun singkirakên punika sarèhning pangkatipun taksih gumantung, dados taksih tampi blanja, mangka padamêlanipun sampun dipun gêntosi ing tiyang sanès ingkang ugi kablanja.

Congres Nahdatul 'Ulama. Congres Nahdatul 'Ulama ingkang kawontênakên ing Surabaya sampun rampung. Kajawi ngrêmbag pêrluning pakêmpalan warni-warni, ugi nêtêpakên pakêmpêlanpakêmpalan. wau malêbêt dados warga M.I.A.I. Dene congres ingkang kaping 16 taun ngajêng badhe manggèn ing Palembang.

Sêsakit limpa. Dhoktêr Regentschap ing Purworêjo mratelakakên bilih ing dhusun Nambangan, Kutoarjo tuwuh sêsakit limpa. Cacahipun tiyang ingkang tiwas wontên 108, dene ingkang taksih sakit wontên 86. Ing salajêngipun ingkang wajib nindakakên rêrigên sapêrlunipun.

Jugangan pandhêlikan ing Kudus. Kawartosakên, sarêng mangsa jawah punika jugangan pandhêlikan ing Kudus sami kisèn toya, anjalari wontêning lêmut malaria, saha sampun pinanggih pasaksènipun, ingriku wontên têtiyang ingkang kataman sêsakit malaria. Salajêngipun ingkang wajib ambudidaya sapêrlunipun.

Têlasing ès saha toya ing Surahaya ing mangsa bêntèr. Miturut cathêtan, ing salêbêtipun wulan November kêpêngkêr, jalaran saking bêntèring hawa, ing Surabaya nêlasakên ès 7.500.000 pun, dados racak-racakipun ing sadintênipun 250.000 pun. Têlasing toya wontên 633.000 mètêr kibik.

Usul supados pandamêling arta wontên ngriki. Tuwan Tamrin usul dhatêng parentah, supados arta ingkang dipun anggè wontên ing tanah ngriki, supados dipun damêl wontên ing tanah ngriki piyambak. Ing bab punika dhawuh katrangan saking wêwakil parentah aparing wangsulan, usul wau dipun ajêngi sangêt. Malah botên namung wêkdal punika kemawon, sanadyan manawi nagari Walandi sampun wangsul kamardikanipun malih, pandamêling arta punika inggih prayogi wontên ing Indonesia ngriki.

Mèngêti adêging barisan Marine. Adêging barisan marine dumugining tanggal 10 December punika sampun 275 taun, adêgipun kala samantên saking panyuwunipun Admiraal Michael Adriaenzoon de Ruyter. Tumindaking pèngêtan ing kalangan marine namung sapêrlunipun kemawon.

Nyantuni tanêman. Kabudidayan ing bawah Kêbumèn, ingkang rumiyin nanêm rosan, ing sapunika kasantunan nyobi nanêm rosella. Namung sarèhning sawêg cobèn-cobèn, dèrèng sagêd mastani pikantuk tuwin botênipun.

Kaawisan mulang. Tuwan Hadi, guru Taman Siswa ing Barabai, Borneo, kaawisan botên kenging mulang salêbêtipun sataun, jalaran kalêpatan muridipun dipun wulang lagu Dipongoro marsah.

Contract Formulier. Miturut wartos, dumugi sapunika, sêrat panêdha katrangan ingkang kalantarakên contractbureau Indie-Holland sampun kakintunakên dhatêng nagari Walandi saha sampun rampung angsal wangsulan, dene ingkang dèrèng angsal wangsulan, kintên-kintên tumrap têtiyang ingkang manggèn ing Rotterdam, ing pangajêng-ajêng inggih tumuntêna angsal wangsulan. Wangsulan ingkang sampun dipun tampèni wontên 44.000, wontên 800 ingkang dipun bikak dening consuur Jerman.

Tumut ngajêngakên kabudayan. Wontên wartos, gemeente tuwin regentschap ing Bêtawi ugi tumut ngajêngakên dhatêng pamulangan patukangan Java Instituut ing Ngayogya. Tumrap rantaman taun 1941, gemeenteraad ngawontênakên arta pitulungan kathahipun f 150. kangge waragadipun tiyang ingkang sinau dhatêng pamulangan wau. Sadhiyan arta samantên wau namung kangge tiyang satunggal, nanging manawi pêrlu mêwahi, ugi badhe dipun usulakên malih.

Postspaarbank ing wulan October 1940. Ing salêbêtipun wulan October 1940, arta ingkang tumitip ing Postspaarbank wontên f 3.097.368.10, arta samantên wau ingkang asli titipan saking lare sêkolah wontên f 3923.27. Ingkang dipun bayarakên wangsul wontên f 2.130.743.09, petanging wêwahipun titipan wontên f 966.625.01. Wiwit Januari dumugi October 1940, arta ingkang tumitip wontên f 30.620.225.01, arta samantên wau ingkang asli titipan saking murid sêkolah wontên f 64.582.40. Ingkang dipun bayarakên wangsul wontên f 36.398.364.81. Pêpetanganipun sadaya, sudaning arta ingkang tumitip wontên f 5.778.139.80.

____________________

[Lanjutan dari halaman 1466]

ipun Italie wontên ing Lybie tuwin Albanie. Namung, ing akiring minggu wingi sampun wontên wartos ingkang sulaya sangêt kalihan katêranganipun Jerman wau. Prajurit Jerman sampun lumêbêt dhatêng Italie, kaklêmpakakên wontên ing Napels, Tries, Turijn, Tarente tuwin papan sanès-sanèsipun. Badhe kakintunakên dhatêng pundi? Botên têrang. Ingkang sampun têrang, lumêbêtipun wadyabala Jerman dhatêng Italie punika, sanajana dumuginipun akiripun minggu wingi taksih dipun umpêt-umpêtakên, mêksa sampun kenging kangge bukti bilih Mussolini pancèn sampun repot saèstu. Jalaran, lumêbêtipun wadya Jerman punika ugi atêgês mbiyak warananipun Mussolini, kêtêdahakên dhatêng rakyat Italie, bilih dhiktatoripun punika sajatosipun botên gadhah kakiyatan punapa-punapa, kêjawi namung dados anthèkipun Hitler.

--- 1468 ---

Ingkang Bupati Magêlang tindak dhatêng Lampung. Kala Minggu kêpêngkêr, ingkang Bupati Magêlang tindak dhatêng Lampung, dipun dhèrèkakên wêdana ing Karanganyar kanthi lurah dhusun 4, saha lurah dhusun bawah kabupatèn Têmanggung 2. Tindakipun wau ugi sêsarêngan kalihan ingkang Bupati Dêmak. Dene pêrlunipun badhe nyatakakên kawontênanipun paboyongan ing Lampung. Saking pamanggihipun lurah Parakan-kauman, benjing sadumugining griya badhe sêsorah dhatêng têtiyang dhusun ingkang pêrlu. (H).

Bab guru ingkaug ènthèng tanganipun. Ing Kajawèn nomêr 96 kêpêngkêr, ngêwrat wartos ing bab guru ing Maguan, Malang, ingkang enthengan tangan. Bab punika wontên katrangan bilih wartos wau wontên nalisiripun. Têrangipun, satunggiling dintên wontên murid kêrêngan sami murid, gurunipun lajêng misah, kenging dipun cêpêng ingkang satunggal, satunggalipun mlajêng. Ingriku sarêng murid ingkang kêcêpêng wau èngêt rumaos manawi dipun tangani ing guru, sarêng murid mantuk wadul dhatêng tiyang sêpuhipun, manawi dipun tangani guru, tiyang sêpuhipun lajêng lapur dhatêng kaondêran.

PAWARTOS SAJAWINING PRAJA.

Jerman ngatingalakên botên rêmênipun dhatêng Amerika (Reuter, New York). Kabar Transradio saking Berlin nêrangakên, yèn pitulunganipun Amerika dhatêng Inggris punika dipun ungêlakên dening juru sabdanipun pamarentah Jerman "sampun botên kenging dipun sabarakên malih sarta botên kenging dipun uja kemawon". Salajêngipun katêrangakên ugi, bilih baita-baita Jerman ingkang kaliyêr Amerika sarta lajêng badhe kasade dhatêng Inggris punika kaanggêp prakawis ingkang wigatos sangêt.

Jerman botên narimahakên (Reuter, Londen). Nitik wartos-wartos saking ing Berlin, kasumêrêpan yèn Jerman botên narimahakên dene warganing wêwakil Amerika ing Paris sami suka pitulungan dhatêng têtiyang Inggris. Salajêngipun Reuter martosakên saking ing Washington, bilih Cordell Hull sampun suka katêrangan, yèn Amerika badhe minangkani panêdhanipun Jerman, inggih punika ngundang wangsul warganing wêwakil Amerika ing Paris, tiga cacahipun.

Golongan Nazi ing Hongarie dipun ukum (Reuter, Budapest). Wirth, panuntunipun parte Salib Tosan (golongan Nazi) kalihan warganipun 33, sami kaukum, jalaran kalêpatan nêdya badhe nyidra pangagênging nagari sarta nêdya sêkuthon ingkang wosipun mbêbayani tumraping nagari. Wirth kaukum 4 1/2 taun, sarta kacêlêd wêwênangipun dangunipun 10 taun.

Papêrangan ing Lybie (Reuter, Cairo). Wontên wartos saking papêrangan, yèn prajurit Inggris tata-tata nêdya nêmpuh agêng-agêngan dhatêng kitha Bardia. Kawartosakên yèn Jendral Berti sênapatinipun wadya Italie ingkang nomêr 10, kakurung wontên ing salah satunggaling dhusun sacêlakipun Bardia. Wartos sanèsipun, ugi nyariyosakên yèn prajurit Inggris ingkang wontên ngajêng piyambak sampun sagêd ndhadhal barisan Italie ing Bardia ingkang mbètèngi kitha Bardia.

Baita Jerman kenging bom (Reuter, Londen). Montor mabur pambucal born Blenheim kalêbêt golonganipun Kus-commando nalika madik-madik wontên ing Boulogne ngonangi baita Jerman agêngipun 5000 ton, lajêng kadhawahan bom, ingkang sêkawan ngenging têngah-têngahing baita wau.

Panêmpuhipun Jerman dhatêng Inggris (Reuter, Londen). Jerman ngambali nêmpuh malih dhatêng Inggris, ingkang dipun tênggêl sangêt Liverpool kalihan Merseyside, adamêl karisakan radi kathah, namung botên kathah tiyang ingkang nandhang tiwas.

Baita Walandi wilujêng (A.N.P. Londen). Baita tank Walandi "Pendrecht" ingkang kawartosakên dipun torpedho baita silêm Jerman wontên ing sacêlakipun Schotland, wilujêng dumugi ing palabuhan ing Inggris.

Kawontênanipun Italie (Reuter, New York). Miturut s.k. N.Y. Times, têtiyang ingkang sami kêkesahan mêdal ing Italie sami nglêrêsakên wontênipun pawartos bilih prajurit Jerman sami dhatêng ing Italie. Saking pangintênipun têtiyang wau, prajurit-prajurit Jerman wau kangge mitulungi Italie ing bab panataning nagari ing salêbêtipun pêrang. Anggènipun makatên punika, margi tatanan nagari kakuwatosakên badhe bibrah, dening padudon ing salêbêting nagari tuwin dening kathah ingkang sami damêl risaking pabrik-pabrik prabot pêrang. Têtiyang ingkang sami andon lêlana wau ugi nyariyosakên yèn pasulayanipun golongan wadyabala kalihan fascisten mindhak sêrêng. Panuntun-panuntun pulitik sagêd ugi jatuh. Ugi sampun wontên kabar angin yèn Ciano badhe dipun dadosakên wêwakil Italie ing Tokyo. Nalika gladhi mêtêngi kitha, ing tembok-tembok kathah templekan dlancang sinêratan "Lêbura Hitler !"

Wadya Iautan Inggris lumêbêt ing sagantên Adriati (Reuter, Londen). Miturut katêranganipun kanayakan wadya lautan Inggris, kapal-kapal pêrang Inggris sawatawis lumêbêt ing sagantên Adriati, lajêng mbendrongi palabuhan Valona, ngantos têlas 100 ton brisnatbom. Wontên ingriku botên mrêgoki baita-baita Italie.

Petain botên badhe manggèn wontên ing Versailles (Reuter, Londen). Wontên wartos saking Vichy, têtiyang Jerman tata-tata nyudhiyakakên griya wontên ing Versailles kangge Maarschalk Petain. Miturut katêranganipun Jerman Petain badhe dhatêng ing Versailles ananging botên manggèn ingriku.

Jerman nêdha wadya lautan Prancis ? (Reuter, Stockholm). Miturut korèspondhènipun Aftonbladet ing Berlin, Maarschalk Petain kintun sêrat dhatêng Hitler, namung isinipun botên kasumêrêpan. Kalangan pamarentah ing Berlin nyariyosakên yèn Hitler botên purun sêsambêtan kalihan Vichy. Rêmbag-rêmbag ingkang gêgayutan kalihan Jerman kapasrahakên dhatêng Abetz wêwakil Jerman ing Paris. Salajêngipun kacariyosakên, yèn Abetz nampèkakên sêrat dhatêng pamarentah Vichy, wosipun nêdha palabuhan Toulon kalihan wadya lautan Prancis.

Prancis ngintunakên utusan dhatêng Tokyo (Domei, Tokyo). Rene Robin, tilas Gupêrnur Jendral ing Indo-China, kautus ing pamarentahipun rêrêmbagan kalihan pamarentah Jêpang wontên ing Tokyo. Anggènipun dhatêng Jêpang, mêdal ing Siberie tuwin Manchukuo. Wiwitipun rêrêmbagan benjing wulan Januari.

Tanah Thai ngawisi wêdaling êmas (Domei, Bangkok). Wiwit tg. 18 December pamarentah Thai ngawontênakên anggêr ngawisi wêdaling êmas. Anggènipun lajêng ngawisi wau, jalaran kathah tiyang Tionghwa ing Thai ingkang sami kesah dhatêng Hongkong utawi dhatêng ing papan sanèsipun mbêktani êmas gêgadhahanipun.

Papêrangan ing awang-awang (Reuter, Londen). Kiwa têngên tigang dintên ing awang-awangipun tanah Inggris botên kêdhatêngan mêngsah. Kala tg. 20 kêdhatêngan nanging botên sapintêna kathahipun, tur botên adamêl karisakan. Salajêngipun kawartosakên, bilih R.A.F. nêmpuh Jerman wontên ing laladan Ruhr, ingkang dados lesan pabrik lisah, èlèktris tuwin margi-margi sêpur. Montor mabur Inggris wilujêng sadaya.

[Grafik]

Minister Yosuke Matsuoka.

Jêpan tuwin Indiya. Kala konprènsi golongan Pers ing Tokio, nayaka babagan sajawining praja Yosuke Matsuoka apratela : Sêdyanipun Jêpan pados sêsambêtan sae kalihan pangagêng-pangagêng ing Indiya [...]Naskah rusak. babar pisan botên gadhah kajêng badhe ngêlar jajahanipun. Sêdyanipun Jêpang badhe ambiyantu tangga nagari ing Asia wetan, supados bangsa-bangsa ingriku sagêd têtêp pamanggènipun tuwin sagêd nata gêsangipun piyambak kanthi mardika. Jêpan botên nayogyani manawi satunggiling laladan ing Asia wetan badhe dipun pêndhêt tiyang, inggih tumrapa Jêpan piyambak punapadene nagari sanès.

--- 1469 ---

WAOSAN

SINBAD.

14)

Kapitan amangsuli makatên : "Sampeyan sadaya kula sêrêpakên, yèn panggenan ingkang kula ambah punika, agêng piyambak pakèwêdipun, sami-sami sêgantên botên wontên ingkang nyamèni, alunipun agêng sangêt. Baita punika mangke badhe katut kabêkta ing alun. Botên ngantos saprapat jam, kula kalih sampeyan badhe sami amanggih pêjah. Sampeyan sadaya kula aturi mêmuji ing Gusti Allah, mugi katêbihna saking bilai, botên kenging dipun oncati, bilih botên wontên wêlasipun Gusti Allah." Sarêng kapitan sampun wicantên makatên, lajêng aparentah anggulungi layar. Nanging saking sangêting angin, sakathahnig dandosan tangsul-tangsul sami pêdhot sadaya, botên kenging katulungan. Baita kabêkta ing alun, ngantos dumugi sukuning rêdi agêng, anglangkungi sungilipun, kabêntus lajêng rêmuk, nanging rêmukipun botên sangêt. Kula sakanca taksih sagêd angungsèkakên gêsang, sarta angêntasakên sangu têtêdhan, utawi barang gêgramèn. Sarêng sampun katulungan sadaya, kapitan awicantên: "Sakarsane Gusti Allah kadadosan. Hèh kanca sadaya, wontên sampeyan ing panggenan ngriki sampun botên wontên ingkang kamanah malih, namung adamêl kuburan piyambak-piyambak, sarta sami andum wilujêng ing salami-laminipun, sabab punika panggenaning pêpêjah. Sakathahing tiyang, ingkang sampun amanggih tiwas rêmuk baitanipun wontên ngriki, botên wontên ingkang sagêd mantuk dhatêng balegriyanipun malih." Têmbungipun kapitan makatên punika sangêt adamêl ngênêsing manah kula, tuwin sakanca sadaya, lajêng sami arêrangkulan sarta nangis, anangisi ing pêpasthènipun badan piyambak-piyambak. Wondene ingkang kula ungsèni sakanca wau, sukuning rêdi. Sasisihipun rêdi punika wontên pulo panjang sarta wiyar, akathah rêrêmukaning baita, ingkang sami manggih tiwas wontên ngriku, punapadene balung pintên-pintên, sangêt adamêl girising manah. Ciptaning manah : inggih punika balungipun tiyang, ingkang sami pêjah wontên ngriku. Kalih dening malih: kula aningali barang gêgramèn kathah pating salêbar, nanging punika sadaya sangsaya mêwahi rêdatos. [...]Naskah rusak. mrahipun ing pundi-pundi lèpèn, manawi [...],Naskah rusak. toyanipun inggih lubèr, nanging ingriku botên. Wontên lèpènipun satunggil, toyanipun tawa, botên nêmpur dhatêng sêgantên, lajêng anjog dhatêng guwa agêng wiyar sarta pêtêng. Wondening ingkang kalêbêt eram malih, sakathahing selaning rêdi sami mirah utawi sêsotya sapanunggilanipun. Kalih dening malih wontên ingkang mili saking rêdi wau, èmpêripun kados ancur, anjog dhatêng sêgantên, dados têdhaning ulam, nanging mawi kamutahakên malih, utah-utahan punika malih dados lisah ambêr, anuntên kabêkta ing alun, kentas dhatêng gisik.

Wondening ing gisik punika pintên-pintên kathahing lisah ambêr wau. Ing rêdi punika wontên têtuwêhantêtuwuhan. kajêng têgari, saenipun angungkuli kajêng têgari ing pulo Komari, ingkang sampun kasêbut ngajêng wau.

Akathah yèn kacariyosna sadaya, nanging kula sigêg samantên kemawon. Panggenan punika kenging kula upamèkakên luwêng, ingkang botên kantênan jajagipun, sabab sadhengah ingkang dumugi ingriku, botên sagêd wangsul. Kalih dene manawi baita sampun cakêt panggenan punika, botên sagêd anyingkiri, kêdah mriku purugipun, samangsanipun baita katêmpuh ing angin, saking sêgantên kapurugakên dhatêng rêdi wau, amêsthi kêrêm dening alun sarta angin. Kang saupami angin saking dharat, mêdal lêrêsing rêdi wau, inggih botên sagêd mangsulakên lampahing baita awit saking inggiling rêdi, angaling-alingi lampahing angin. Dados baita kabêkta ing alun, rêmuk kabêntusakên ing parang, kados baita ingkang kula tumpaki wau. Wondening ingkang anyangêtakên bilai, amargi botên sagêd anginggahi pucaking rêdi, badhe angungsèkakên badan wontên ing gisik kemawon, kados tiyang sami ewah akalipun, sabên dintên tansah angajêng-ajêng ing pêjah. Anuntên têtêdhan kaêdum ing kanca kawradinakên, sami kathahipun. Wondening kanca kula sadaya pêjahipun gêntos-gêntos, mawi-mawi kuwat ringkihipun, utawi kathah kêdhike nggènipun nêdha. Sintên ingkang pêjah rumiyin, kapêndhêm ingkang kantun, wêkasanipun kula ingkang kantun piyambak, amêndhêm kanca kula. Wondening anggèn kula ngantuni gêsang, punika botên andadosakên pangeram-eram, sabab kajawinipun nggèn kula ngiwit-iwit têtêdhan, kula taksih rawat sangu sanèsipun, ingkang botên kula êdum dhatêng kanca kula. Ewadene sarêng kula sampun amêndhêm kanca satunggil, ingkang wêkasan piyambak, têtêdhan namung kantun sakêdhik, anyipta botên sagêd gêsang lami, kula sampun sadhiya damêl luwagan,luwangan. awit botên wontên tiyang ingkang badhe mêndhêm. Sadangunipun kula damêl luwangan, tansah anêtah badan kula piyambak, awit nggèn kula dhatêng ing karisakan amargi saking pandamêl kula piyambak, sangêt kaduwung dene ngantos kalampahan kêkesahan malih ngantos kaping nêm. Aliya saking panêtah punika, tangan kula ngantos mêdal rahipun, awit saking nggèn kula nganiaya badan piyambak, sumêdya anyupêt umur kula. Ananging Gusti Allah taksih kagungan wêlas, kula kaparingan kaèngêtan, lumampah dhatêng lèpèn, ingkang anjog dhatêng guwa, wontên ingriku lèpèn dangu kula awasakên osiking manah : kali sing anjog mênyang guwa iki, amêsthi ana trubusane, upama aku gawea gèthèk, tak tunggangi mêtu ing kali iku, ciptaku bakal anjog ing panggonan, kang kêna diênggoni ing wong. Yèn ora mangkono, iya ora wurung mati, sanajan matia mung salina jalarane bae. Yèn aku nganti kalakon bisa mêtu saka ing panggonan, kang anggêgirisi iki, sapisan aku anyingkiri ing papêsthèn kang tinêmu ing kancaku, kapindhone, manawa dadi ing kasugihanku. Sing wêruh sapa yèn sawêtuku [sawê...]

--- 1470 ---

[...tuku] saka ing guwa iki anêmu bêgja, kang angulihake pitunanku, awit dening rêmuking prauku.

Sarêng sampun anggalih makatên, botên mawi kula manah dangu-dangu, lajêng adamêl gèthèk kajêng, awit ingriku kathah tangsul utawi kajêng ingkang sae-sae, kula amung amilihi pundi ingkang prayogi. Kêkahipun anggèn kula anangguli gèthèk, sampun prasasat baita kang santoso.santosa. Sarêng sampun dados, kula lajêng amêndhêti mirah, jumêrut, lisah ambêr, sapanunggilanipun ingkang kalêbêt aji, kula buntêl sarta kamotakên wontên ing gèthèk. Sarêng lampah kula milir anut ilining toya, sarta apasrah dhatêng Gusti Allah.

Sarêng dumugi salêbêting guwa, kula botên ningali ing padhang hawa malih, tansah anut salampahing toya, botên sumêrêp ing purug. Angantos sawatawis dintên nggèn kula lêlampah wontên salêbêting pêpêtêng, botên ningali padhanging rintên babar pisan. Lami-lami guwa wau sangsaya andhap, mèh sundhul ing sirah kula, sangêt andadosakên susahing manah, kula anêdya anyingkiri bilai punika, sadangunipun anggalih, ngupados akal, kula sambi anêdha sakantuning sangu, sacêkapipun amurih gêsang. Sanajan sangêt nggèn kula nggêmèni sangu têtêdhan wau, ing wêkasanipun ugi têlas. Anuntên kula tilêman, mênggah sakêdhap utawi dangu nggèn kula tilêm, botên sumêrêp. Sarêng tangi kula eram aningali, wontên pinggiring lèpèn, angajêngakên ara-ara wiyar, gèthèk kula sampun pinannggihpinanggih. kacancang, akathah tiyang cêmêng ajibêg wontên pinggiring lèpèn. Kula lajêng ngadêg anguluki salam. Kula dipun wicantêni, ananging kula botên sumêrêp têmbungipun.

Saking bingahing manah kula ngantos sumêlang, punapa kula tangi, punapa nyupêna. Dangu-dangu rumaos, sampun botên tilêm, kula anyêbut cara Arab, wondening sêbut kula, anênêdhaa marang kang Maha Kawasa, amêsthi kowe pinaringan. Aja susah kowe angopèni ing liyane, turua, sasuwene kowe turu, Gusti Alah amitulungi, bilaimu kaliru ing bêgja.

Tiyang cêmêng wau wontên satunggil, ingkang sumêrêp têmbung Arab, sarêng mirêng sêbut kula, punika anyêlaki ing pangginan kula, têmbungipun : "Ki sanak, sampun andadosakên eram sampeyan aningali kula sadaya, kula ingkang sami anggriyani ara-ara, ingkang sampeyan tingali punika. Dhatêng kula mriki, badhe angilèkakên toya lèpèn ingkang mêdal saking rêdi punika dhatêng sabin. Saking katêbihan kula aningali wontên wêwarnèn ingkang kabêkta ing toya, enggal kula palajêngi, badhe sumêrêp ing sayêktosipun. Sarêng cêlak, kula tingali gèthèk. Anuntên kanca kula amurugi panggenanipun, lajêng kabêkta dumugi ing pinggir ngriki, gèthèk lajêng kacancang, kados kang sampeyan tingali punika, kula angêntosi ing sawungu sampeyan. Ingkang punika panêdha kula, mugi sampeyan cariyosakên ing lêlampahan sampeyan, kula amasthèkakên, yèn sangêt ing anèhipun, punapa sababe dene sampeyan nekad lumêbêt ing lèpèn punika, saking pundi dhatêng sampeynn".sampeyan. Wangsulan kula : "Mugi sampeyan paringi nêdha rumiyin, mangke kula anglêgani pandangu sampeyan."

Lajêng dipun sukani têtêdhan warni-warni, sarêng sampun tuwuk nggèn kula nêdha, lajêng anyariyosakên kalayan têmên-têmên sakathahing lêlampahan kula. Sêmunipun sami eram amirêngakên. Satêlasing cariyos, kula dipun sêrêpakên dhatêng tiyang cêmêng satunggil, ingkang sagêd têmbung Arab wau, kang minangka juru basanipun kang kathah-kathah, yèn sakathahing kancanipun amastani anèh sangêt cariyos kula wau, kasuprih ngunjukakên piyambak dhatêng ratunipun, awit saking aènging cariyos, prayogi kaunjukna ing ratu dhatêng ingkang gadhah cariyos piyarnbak. Wangsulan kula, sumarah anglampahi sapikanjênganipun.sapikajênganipun.

Tiyang cêmêng wau lajêng kengkenan mêndhêt kapal, botên antawis dangu dhatêng, kula kapurih anumpaki. Anuntên tiyang cêmêng sawatawis lumampah wontên ingajêng kula, andêdahakên marginipun, sawênèh ingkang kalêbêt rosa-rosa, anggotong gèthèk kula samomotanipun tut wingking lampah kula.

Mênggah pulo ingkang dipun ênggèni tiyang cêmêng wau, anama ing Sêrindhit, tanah Indhu. Kula lajêng lumampah dhatêng kithanipun, asarêngan kalih tiyang cêmêng kathah wau, kasowanakên dhatêng ratunipun. Kula majêng dhatêng dhampar ingkang dipun pinaraki, sarta sujud kados adat marak ing ratu tanah Indhu. Wondening patraping sujud, angraup suku sarta angambung siti. Kula anuntên kadhawahan ngadêg ataklim panganggêpipun dhatêng kula, sarta kakarsakakên lênggah cêlak kalih panjênênganipun. Sang nata andangu nama kula. Kula munjuk yèn nama pun Sinbad, apêparab tiyang sêgantên, amargi saking kêrêp kula ngambah sêgantên, griya kula ing kitha Bagdad. Sang Prabu andangu malih : "Kapriye olèhira tumêka ana ing talatah ingsun, sira mêtu ingêndi ?" Atur kula bêlaka, angaturakên ing lêlampahan, kados ingkang sampun sampeyan mirêngakên sadaya. Sang nata sangêt eram sarta rêmên, lajêng andhawahakên parentah nyêrati, aksaranipun [...]Naskah rusak. sadaya, badhe karawatan minangka babon [...]Naskah rusak. ing gêdhongipun. Botên antawis dangu gèthèk [...]Naskah rusak. dhatêng, momotanipun, ingkang warni buntêlan dipun bikaki wontên ngarsanipun. Sang nata eram aningali kathahing kajêng têgari : lisah ambêr : punapadene mirah jumêrut bêbêktan kula wau, awit ing gêdhongipun sang prabu, botên wontên ingkang nyamèni. Sang nata angiling-ilingi sakathahing sêsotya gêntos-gêntos. (Wontên lajêngipun).

--- 0 ---

[Iklan]

--- 0 ---

[Iklan]