Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-11, #1669

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1940, #1669
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-01, #1669. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1530.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-02, #1669. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1529.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-03, #1669. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1528.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-04, #1669. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1527.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-08, #1669 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1526.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-09, #1669. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1525.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-10, #1669 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1524.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-11, #1669. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1523.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-12, #1669. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1522.

--- 1267 ---

Ôngka 90, Ju Pn, 8 Sawal Dal 1871, 8 Nopèmbêr 1940, Taun XV

Kawêdalakên sabên dintên Slasa lan Jumuwah

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: sari basa, Indonesia sayuk samêkta, pamulangan kriya ing Ngayogyakarta, jagading wanita, Industri enggal ing Surabaya, konperentie pers, bêbaya ngawang-awang, kabar warni-warni, waosan.

Sari Basa

Ambrêngkêlo

Ambrêngkêlo iku kêna diarani nekade wong kang bodho.

Wong ambrêngkêlo durung mêsthi yèn ala bêbudène, ananging uwis mêsthi yèn mung sathithik kawicaksanane.

Wong ambrêngkêlo iku ora bisa nguwasani panêmune, jalaran uwis kêbanjur dikuwasani ing panêmune dhewe.

Titikane wong bodho kang gampang dhewe, yaiku: ambrêngkêlo.

Ambrêngkêlo iku ora liya: wêtuning karêp kang tanpa panglimbang. Toging kamêmpêngan kang tanpa tinuntun ing nalar. Lan kêladuking sih marang awake dhewe kang nganti lali marang nalar sarta rasa rumangsane atine.

Wong kang pikirane ora digarap kalawan bêcik, luwih-luwih kang satêngah wasis, kang akèh-akèh dadi uwong ambrêngkêlo. Jêr mung kang jêmbar nalare sarta kêncêng bêbudène, kang bisa lan gêlêm nyêlêd klèruning panêmune. Bisa lan gêlêm ambuwang samubarang kang ora bêcik.

--- 1268 ---

INDONESIA SAYUK SAMÊKTA.

Andharanipun R. Suratna Wedyamartaya, Hoofdcommies S. S. Surabaya wontên ing Nirom.

(Sambêtipun K. No. 89).

b. Dene Inggris sarta sakanca saeka-praya, paprentahanipun ngangge cara ingkang kasêbut democratie, inggih punika, panguwaos wontên ing tanganipun rakyat, sarta lajêng katindakakên dening para wakiling rakyat, mila nêgari-nêgari ingkang dados jajahanipun Inggris utawi nêgari saeka-praya sanèsipun, sanadyan kirang, mêsthi taksih gadhah kamardikan.

Ing wêkdal punika Nederland taksih nêrusakên pêrangipun, mêngsah Jerman, sabaya pêjah kalihan Inggris Ian sakancanipun saeka-praya. Sadaya ingkang dêdunung ing Indonesia, nadyan Nederlander, tiyang Indonesia, utawi Tiong Hwa, Arab, Kêling Ian sanès-sanèsipun, ingkang gadhah partij utawi mbotên gadhah partij - kados kula - purun mbotên purun, mêsthi ngolak-alik pitakenan :

Kadospundi ing têmbe dadosipun, ing saupami Indonesia kapêksa dados jajahan Jerman ? - Ingkang sangêt mbotên kula ajêng-ajêng.

Wangsulanipun pitakenan wau satêmênipun gampil kemawon. Kala wau mêntas kula aturakên, sapunika kula kaping kalihi, makatên wangsulanipun :

Kamardikan ical babar pisan; agami karisak, têdha Ian punapa ingkang dados kêbêtahanipun kaum Nasi, karayah sarta kausungan, sarta rakyat Indonesia lajêng minggah pangkat dados batur tumbasan.

Inggih punika mbokmanawi sababipun, dene :

1. Lord Halifax nêrangakên, baih ra'yat Inggris sarta jajahanipun têmtu mbotên badhe purun dados batur tumbasanipun Hitler, makatên ugi sadaya bangsa ing sadonya ingkang taksih bêtah dhatêng kamardikan.

2. Jagad Islam sadaya sami angubyungi sarta mbiyantu Inggris ;

3. Para pamimpin Indonesia, ngantos ingkang tujuanipun sangêt mêngiwa (radicaal) pisan, yakin, bilih, ing saupami Indonesia mbotên dados jajahan Nederland, mêsthinipun lajêng badhe dipun ayoni (têgêsipun : dipun rayah sarta katindhês) dening nêgari totalitair - mbotên democratisch. - Ing babagan ekonomi, sociaal sarta politiek Indonesia têmtu lajêng badhe mundur sangêt.

Saking katrangan ingkang sampun katur wau têtela, bilih bêbaya Nazi punika mbotên namung dados mêngsahipun Inggris Ian Nederlanders ingkang wontên in Europa kemawon, wangsul ugi dados mêngsahipun Nederlanders ingkang wontên ing Indonesia, ugi dados mêngsahipun ra'yat Indonesia Ian sadaya bangsa ingkang wontên ing Indonesia. Sabab saking punika, mila ing bab kabêtahanipun Indonesia : Nederlanders mbêtahakên rakyat Indonesia, nanging kosok wangsulipun : rakyat Indonesia ugi mbêtahakên Nederlanders. Golongan kalih-kalihipun sami dene bêtah supados bêbaya Nazi sampun ngantos sagêd mênang; sadaya sami ngudi, sagêda sampun dados mangsanipun babaya Nazi. Kalih golongan wau sami dene kaancam dening babaya Nazi.

Inggih punika sababipun kalih golongan wau kêpêksa kêdah ngempal, sarta kêmpalipun wau, saya dangu, yèn bêbaya wau saya cêlak, mêsthi saya rakêt, kadosdene rakêting kêmpalipun vrije Franschen, vrije Nederlanders, vrje Belgen, vrije Polen ingkang sapunika sami wontên ing tanah Inggris, kadosdene rakêting kêmpalipun para muhajirin, ingkang ndhèrèk K.N. Mohammad s. a. w. hijrah dhatêng Mêdina kalayan para ancar wontên ing Mêdina, kala K.N. dipun pêrangi dening para tiyang ing Mêkka ingkang mêngsah Agami kadosdene Hitler mêngsah dhatêng sadaya agami.

Kêmpalipun rakyat Indonesia ingkang dasanan yuta cacahipun, têmtu badhe sagêd mujudakên kakiyatan ingkang agêng sangêt sarta têmtu badhe sagêd anêtêpi kuwajiban kita kadosdene rakyat Ian pêndhudhuk Indonesia kadosdene suraosing dhawuhipun P.K.T.B. G.G. ingkang kawrat ing bayawara ing tanggal 10 Mèi 1940 (Gouv. Besluit 10 Mèi 1940 No. 1z), ingkang pêthikan sarta jawinipun makatên :

... ... ... .

Têbih sakng glanggang paprangan, tanah Indonesia kapêksa mbotên sagêd tumut pêrang, ananging, kanthi sangêt tumut ngraosakên lêlampahan ingkang dipun alami dening Nederland, Indonesia badhe tansah mbiyantu Nederland sarana korban awarni punapa kemawon, sasagêd-sagêdipun.

Rèhne Indonesia peranganipun Koninkrijk der Nederlanden, mila Indonesia inggih katut tumut pêrang mêngsah Jerman. Ing babagan internasionaal politiek adêgipun (status) Indonesia têtêp kados ingkang sampun-sampun. Parentah ing Indonesia sampun amutus sarta têtêp badhe sagêd nglajêngakên paprentahanipun kados ingkang sampun-sampun sarta badhe anjagi hakipun, hak ing dharatan sarta ing sagantên. Pitulungan saking jawi - sanadyan saking pundi kemawon - mbotên pêrlu, sarta badhe katolak.

... ... ... .

Ingkang lajêng katêrangakên dening P.K.T. Gouverneur van Oost Java wontên ing openingsrede kala mbikak openbare vergadering van den Provincialen Raad van Oost Java kala tanggal 25 Juni 1940, pêthikanipun makatên :

... ... ... .

Nanging kita kêdah mudhêng dhatêng kawajiban ingkang kapasrahakên dhatêng Provincie.

Ing openingsredenipun P.K.T.B. G.G. kuwajibanipun nêgari punika kacakup ing tigang têmbung, inggih punika : mbabiyantu supados sagêd nglajêngakên pêrang, anjagi nêgari, Ian nginggilakên drajatipun ra'yat."Dilanjutkan pada hlm. 1269 setelah tanda garis.

--- 1269 ---

PAMULANGAN KRIYA ING NGAYOGYAKARTA

Kala wulan November 1939 pakêmpalan Java-Instituut mbikak pamulangan kriya "Kunstambachtsschool", wontên ing Ngabean, Ngayogyakarta. Adêging pamulangan wau mawi dipun biyantu ing pamarentah.

Kajêngipun pamulangan kriya wau suka pasinaon bab caking padamêlan kriya, supados ing têmbe wontên kamajênganipun, inggih kamajêngan bab caking garapanipun tuwin kagunanipun, punapadene bab ekonominipun.

[Grafik]

Pamulangan patukangan Java-Instituut ing Ngayogya.

Ingkang sampun-sampun punika manawi wontên tiyang badhe sinau padamêlan kriya, marginipun botên wontên malih kajawi namung ngèngèr dhatêng êmpu utawi tukang ingkang sampun sagêd. Ingkang kêpengin dados kêmasan inggih kêdah dados anthèk kêmasan rumiyin, ingkang kêpengin dados mranggi inggih kêdah dados rencang manggi rumiyin. Makatên sapiturutipun.

Pamulangan Kunstambachtsschool ing Ngayogyakarta wau kajêngipun badhe suka pasinaon dhatêng anthèk-anthèk, Calon-calon tukang utawi magang-magang wau, ingkang asli saking tanah Jawi, Madura sarta Bali.

[Grafik]

Ngukir kajêng.

Padamêlan kriya ingkang mawa kagunan punika warni-warni, kados ta : padamêlanipun sayang, mranggi, êmpu pandhe, pangukir kajêng Ian sapanunggilanipun. Rèhning pamulangan wau sawêg enggalan, mila inggih dèrèng sagêdDilanjutkan pada hlm. 1270.

____________________

[Lanjutan dari halaman 1268]

Dene kuwajibanipun Provincie, sapisan : ngêngirangi pamikir dhatêng kabêtahaning panggenan ingkang alit-alit (plaatselijke belangen) supados sagêd nêtêpi kuwajibaning nêgari ingkang sangêt awrat wau, kaping kalih: kalihan sakiyat-kiyatipun mbiyantu, supados nêgari sagêd anyêkapi kuwajibanipun wau.

... ... ... .

Supados sagêd langkung têrang Indonesia Ian nasibipun ing sapunika punika kula sanepakakên makatên :

Tiyang pintên-pintên dasa sami numpak baita, ingkang kathah bangsa Indonesia, salong bangsa Tiong Hwa, Arab, Hindu dan Nederlanders. Kêmudhining kapal wau kaasta dening wakiling Sri Maha Raja Putri, inggih punika P.K.T.B. G.G.

Wontên ing têngah sagantên, mbotên kanyana-nyana, baita katêrak ing prahara. Ing salêbêtipun angsal pakèwêd wau, sagêdipun kêtulungan, namung yèn ingkang sami numpak sadaya, saiyêg cancut mitulungi.

Makatên gambar kawontênanipun Indonesia ing wêkdal punika.

Yèn wontên kawontênan kados makatên, mêsthinipun, sadaya ingkang numpak, mbotên ngèngêti kulit, mbotên ngèngêti kawontênan sanès-sanès ngèngêti kêcakêpanipun sang juru mudhi, mêsthi mbotên usah kaatag Ian kaajak malih, lajêng cancut tandang suka pitulungan, ingkang atêgês: mitulungi gêsangipun piyambak.

Ing saupami wontên lêlampahan makatên wau, wontên panumpang Indonesia upaminipun, mbotên purun têtulung, mawi watonan : "Cikbèn, juru mudhine toch, durung gêlêm mènèhi panguwasa sing cukup kanggo nêtêpake haluwaning kapal" sikêpipun panumpang wau nama "lucu".

Saupami baita wau kalajêng kêrêm - ingkang sangêt mbotên kita ajêng-ajêng -, pênumpang ingkang "lucu" wau, kajawi ugi tumut pêjah klêlêb, piyambakipun ugi dosa dhatêng kanca-kancanipun ingkang ugi sami pêjah klêlêb, dening mbotên purun tumut têtulung, sabab upami piyambakipun purun têtulung, tênaga Ian kêkiyatan tambah, baita wau sagêd ugi mbotên saèstu kêrêm. (Wontên lajêngipun).

--- 1270 ---

[Lanjutan dari halaman 1269]

nyrambahi sadaya. Ing wêkdal punika ingkang dipun wulangakên dipun pêndhêtakên ingkang prêlu-prêlu rumiyin, inggih punika dêdamêlan kêmasan salaka; ngukir kajêng kangge pasrèn pirantos padintênan sarta garapan têmbagi.

[Grafik]

Papan panggarap logam.

Wulanganipun ingkang dipun têngênakên sangêt inggih punika nuntuni supados garapanipun para murid wau ing têmbe sagêda ngladosi bêtahing jaman, punapa wujudipun, punapa gagragipun, murih gampil pajêngipun. Kwalitèitipun garapan kaangkah supados saya sampurna. Sampurnanipun punika botên saking dipun ewahi caraning damêl, dipun prusa niru cara Europa modern, punika botên. Namung para murid dipun sumêrêpakên panganggenipun pirantos-pirantos ingkang langkung prayogi, dipun sumêrêpakên dhatêng watak Ian dhasaripun guru-bakal ingkang badhe dipun garap, Ian kadospundi panganggenipun. Para murid inggih dipun wulang bab pandamêling sêkar-sêkaran Ian rêrênggan, beda-bedaning cengkok, kados ta cengkok Jawi, Bali Ian Madura, sarta, kadospundi cakipun cengkok wau wontên ing garapan. Dipun silah-silahakên cengkok sêkar-sêkaran ingkang mligi patutipun kangge wontên ing garapan salaka, utawi wontên ing kajêng punapa wontên ing têmbagi. Botên namung sêkaran lan rêrênggan modhèl kina kemawon, ing sasagêd-sagêd inggih ngrancang sêkaran modhèl enggal, upaminipun kêmbang sêpatu, kêmbang kênikir, lajêng kagambar dados cengkok ukir-ukiran wontên ing kajêng. Rèhning pamulanganipun cêlak kalihan Museum Sanabudaya, dados anggènipun pados tuladha inggih gampil, kapêndhêtakên barang-barang yêyasan ingkang sumimpên wontên ing museum ngriku. Nanging botên makatên kemawon, kangge njêmbarakên sêsêrêpan, para murid kala-kala sok dipun ajak kêkesahan dhatêng Barabudhur utawi dhatêng candhi-candhi, punapadene dhatêng kraton, prêlu nyinau ukir-ukiran Ian dêdamêlan sanès-sanèsipun.

Kajawi wulangan ingkang kasêbut nginggil punika sadaya, para murid taksih dipun wulang nyêrat Ian maos, sarta panyêpêngipun buku administrasi, supados ing têmbe sagêd ngêmudhèni pakriyanipun piyambak.

Wancining wulangan kapêrang dados kalih: enjing kalihan sontên. Enjing dipun wulang praktijk nggarap padamêlan kalihan nggambar cengkoking sêkaran. Sontên dipun wulang maos, nyêrat, buoekhouding sawatawis Ian sanès-sanèsipun. Murid-murid ingkang botên prêlu tumut wulangan sontên punika lajêng têrus praktijk malih.

Basa ingkang kangge mulang basa Indonesia. Sintên ingkang dèrèng sagêd, inggih dipun wulang. Adatipun ing salêbêtipun kalih wulan kemawon, sampun ngrêtos ginêman basa Indonesia wau. Gurunipun praktijk kapêndhêtakên tukang-tukang pribumi ingkang sampun mumpuni, asli saking tanah Jawi, Madura Ian Bali. Gurunipun teori kapêndhêtakên guru pamulangan pribumi. Ingkang dados panuntuning pamulangan, guru ingkang kabênum pamarentah. Kajawi punika wontên Commissie van Tuzicht ingkang ngawat-awati sadaya.

Rèhning murid-murid punika asli saking têbih-têbih, mila ing ngriku inggih dipun cawisi internaat piyambak, mirah tur tatananipun sae.

Miturut katêrangan ing ngajêng wau ingkang katampèn dados murid punika lare-lare ingkang sampun nate ngêcaki padamêlan kriya. Ing sasagêd-sagêd ingkang wêdalan pamulangan angka kalih, sarta taksih lêgan, sabab internaat botên nyadhiyani papan ingkang sampun sêsemahan.

Bayaranipun sawulan f 5.- ; wragad internaat f 10,-. yèn nuju liburan botên mbayar, wragad internaat ugi botên. Arta internaat f 10.- sawulan punika sampurn kapetang arta cêpênganipun para murid, sarta sangu kesah wangsul manawi mantuk dhatêng griyanipun.

[Grafik]

Barang-barang salaka ukir-ukiran.

Pasinaonipun kalih taun. Wiwiting sinau wontên ing wulan Sawal. Wulan Siam libur. Kêtêrangan sanès-sanèsipun kenging nêdha dhatêng Directeur Kunstambachtsschool wau, Ngabean 5, Ngayogjakarta.

--- 1271 ---

Jagading Wanita

KAWRUH BATHIK WARNI-WARNI

Kawruh ing bab pandamêling sinjang punika sampun kathah, nanging kados ing Kajawèn pêrlu ngêwrat andharan bab punika.

Anggirah montên

Nggodhoga toya ngantos umob, lajêng dipun cêmplungi sabun kumbahan sacêkapipun, saha dipun cêmplungi untilan mêrang ingkang ngantos suk-sukan.

Manawi sabunipun sampun ajur, montên ingkang sampun dipun kum toya sadalu lajêng dipun cêmplungakên ing godhogan wau, têrus dipun udhêk-udhêk, antawis 25-30 mênit, yèn sampun mukêt lajêng dipun êntas kawadhahan ing bak utawi tong.

Manawi montên wau sampun asrêp lajêng dipun ulèni (dipun ingêl-ingêl) ingkang ngantos mukêt. Yèn kanjining montên wau sampun rêsik, lajêng kagirah toya limrah ngantos rêsik, lajêng dipun kanji.

Panganjinipun ingkang tipis kemawon. Sasampunipun lajêng dipun jèrèng wontên papan pamepean montên. Dene panjèrèngipun wontên papan pamepean wau ingkang radin, supados garingipun montên botên sami pating clêkêthut.

Sasampunipun montên dipun êntasi lajêng dipun yêm wontên papan ingkang hawanipun asrêp sadalu, supados lêmês.

Manawi montên sampun lêrêm yêktos, lajêng dipun gulung ngantos madhêt sagulungipun 5 dumugi 20 lêmbar, lajêng dipun tangsuli tiga: kiwa, têngên tuwin têngah.

Salajêngipun dipun tumpangakên ing kajêng balokan ingkang alus. Agêngipun kajêng antawis 20 cm utawi 25 cm pasagi. Montên dipun tangsuli tiga angsal balokan.

Montên lajêng dipun thuthuki gandhèn kajêng, nama dipun kênglongi.kêmplongi. Panuthukipun kêdah waradin. Manawi sampun kêndho, dipun udhari, kagulung malih ingkang kêncêng, lajêng kathuthuk malih.

Manawi montên sampun katingal alus, lajêng kagulung kêncêng wontên ing kajêng gilig, supados ical lêmpitanipun. Prêlunipun yèn dipun cap sagêd waradin.

Ngêthèl montên

Lôndha mêrang ingkang ayit 1 blèg (20 litêr), kacampuran lisah jarak 2 cangkir (200 cc), lajêng kaudhêk ngantos campur. Kalêrêmakên sadalu. Montên lajêng dipun cêlup dhatêng lôndha campuran lisah wau dangunipun 1 jam.

Sasampunipun dipun ulèni satunggal-satunggal, lajêng dipun jèrèng, kaêpe ing papan pamepean montên.

Manawi sampun garing lajêng dipun kum malih dhatêng lôndha campuran lisah wau, lajêng dipun ulèni saha kajèrèng, kaêpe kados ingkang sampun. Dangunipun anggènipun ngulèni kantun sakarsa. Manawi ngangkah alus lan rêsik sangêt, dipun ulèni apêsipun 8 rambahan.

[Iklan]

Montên wau lajêng dipun rêsik, makatên:

Damêl lôndha ingkang mandi (ayit), montên wau lajêng dipun kum ing ngriku. Manawi sampun akum, lajêng dipun ulèni satunggal-satunggal supados lisahipun ical, lajêng dipun girah ngangge toya limrah saha lajêng dipun godhog. Dene panggodhogipun:

Wedang kacampuran sabun sakêdhik, danguning panggodhog saprayoginipun, lajêng dipun êntas kacêmpungakên dhatêng toya asrêp, lajêng dipun girah, salajêngipun dipun girah malih santun toya. Sasampunipun lajêng dipun sampirakên ing gawangan supados atus. Manawi sampun atus lajêng kajèrèng ing papan pamepean.

Dene montên punika manawi badhe kaêcap utawi kabathik, kêdah dipun kanji utawi dipun kêmplongi rumiyin.

Ngêthèl ngangge lôndha kacampuran lisah, punika supados rêsik utawi supados soga, cêlêpan sapanunggilanipun sagêd manjing.

Dayaning lôndha punika sagêd ngicalakên rêrêgêd utawi kanji ingkang tumèmpèl wontên montên. Nanging kanji ingkang manggèn wontên salêbêtipun drat montên icalipun manawi landhanipun kacampuran lisah, awit lisah punika manawi tumèpèstumètès. dhatêng montên, lajêng mrèmèn ngantos dumugi ing salêbêtipun drat montên, anjalari dados marginipun lumêbêting toya lôndha.

--- 1272 ---

NGLÊRÊSAKÊN: Advertentie Palmboom kapacak ing Kajawèn Lêbaran (29-10-'40) ingandhap katêrangakên yèn pungkasaning nyukani pêrsenan tanggal 1 Januari 1941, punika klèntu, lêrêsipun : tanggal 31 Januari 1941.

Nanging manawi lisah wau botên dipun icali ngantos rêsik, gadhah daya botên sagêd katempelan soga sapanunggilanipun.

Ngolah lilin (malêm).

Ngolah lilin kangge ngêcap klowong (mêthak) kados ing ngandhap punika :

Êmpuk sacêkapipun.

B.P.M. 7 kati, gandarukêm 10 kati, matakucing 3/8 kati, kêndhal (gajih) 3/4 kati, lajêng kagodhog. Dene panggodhogipun: Gandarukêm, matakucing (damar), B.P.M. kagadhog rumiyin. Latu botên kenging agêng-agêng, amargi manawi kagêngên lilinipun dados kêplak (gosong).

Manawi gandarukêm, matakucing, B.P.M. wau sampun ajur sadaya, lajêng kêndhalipun dipun cêmplungakên, kaudhêk. Manawi kêndhal wau sampun katingal ajur, lajêng dipun curakên wontên panggenan cithakan supados asrêp.

Ngoyah lilin kangge nembok alus sarta coplokipun ingkang sagêd rêsik, takêranipun kados ing ngandap punika :

Gandarukêm 8 kati, lilin cêmêng sae 12 kati (lilin lungsuran ingkang botên cêmêng sangêt), B.P.M. 1 kati, lilin tawon (lilin kote ) 1/2 kati, matakucing 1 1/4 (1 1/2) kati, kêndhal I 1/2 kati, panggodhogipun makatên:

Wontên lajêngipun.

INDUSTRI ENGGAL ING SURABAYA

Bikakan pabrik "Palmboom-margarine" lisah "Filma" sarta gêmuk "Filma"

Ing wulan November punika ing Surabaya wontên bikakan pabrik enggal, inggih punika pabrik Palmboom-margarine, lisah Filma sarta gêmuk Filma. Pabrik wau wontênipun ing Indiya ngriki sawêg sapisanan punika. Ingkang dados pangagêngipun Tuwan Y.H. Noyes. Palmboom-margarine Ian sapanunggilanipun wau bangsaning lisah Ian gajih ingkang kenging katêdha. Suwau sadaya punika dipun dhatêngakên saking Philipina. Samangke badhe dipun damêl wontên ing tanah ngriki piyambak, supados para lêngganan angsal barang enggalan, tur kwalitèitipun inggih badhe dipun saèkakên.

Pabrik enggal wau ingkang gadhah N.V. Procter & Gamble's Fabrieken, ing Surabaya. Maskape punika anakipun maskape agêng bab lisah kalihan sabun ing Amerika, inggih punika ingkang nama The Procter & Gamble Company ing kita Cincinnati, Ohio. Konsèrên agêng punika gadhah pabrik 14 iji wontên ing Amerika Ian Canada, 2 iji wontên ing Inggris sarta taksih kathah malih pabrik-pabrikipun, sumêbar sadonya. Sadaya punika sami damêl sabun Camay, Ivory, sabun cuci Ivory, Osydol, sabun P & G, Crisco Ian barang-barang sanèsipun ingkang sampun misuwur saenipun. Wontên ing Philipina konsèrên wau inggih gadhah maskape-anak, nama Philippine Manufacturing Company of Manila.

Panyadêyanipun konsèrên wau miturut kêtêrangan ingkang kantun piyambak; ngantos 250.000.000 dollar Amerika ing dalêm sataun. Madêgipun maskape-biyang wontên ing taun 1836; pabrik ing Manila dipun dêgakên ing wiwitaning abad 20 punika. Dene pabrik ing Hindia ngriki inggih wiwit taun punika.

Pabrik ing Surabaya punika manggèn wontên ing pinggir margi Grissee-weg. Wiyaripun kalêbêt laboratorium ingkang sarwa modern punika ngantos 7000 m2. Taksih wontên siti mluwa ing sisihipun minangka cawisan yèn ing têmbe dipun agêngakên. Tuwan Fred. N. Borry, directuripun pabrik ingkang wontên Philipina, dhatêng ngriki prêlu nitipriksa sarta nênggani pambikakipun pabrik enggal wau.

[Grafik]

Palmboom-margarine, lisah Filma Ian gêmuk Filma ingkang badhe kadamêl ing pabrik wau gurubakalipun asli saking tanah Hindia ngriki tur inggih ingkang sampun pilihan. Tèng kangge nyaring, mêsin pompa, tèng tandhon, sarta papan kangge ngasrêpakên sampun sami rumantos. Pabrikipun kalampahakên mawi listrik. Kangge mbêntèrakên jladrèn mawi sêtum. Ing papan kangge ngasrêpakên wontên kitiranipun agêng-agêng. Wontên saperanganing pabrik malih kangge damêl blèg piyambak.

Punggawaning pabrik bangsa Walandi, Amerika, sarta pribumi kathah. Pandhêmèning pabrik ingkang nggarap Aannemingsbureau W. J. Veen. Bab listrik ingkang nggarap Techn. Bureau W.E.R.S. Ril S.S. kasimpangakên dhatêng pabrik supados anggampilakên pambêktanipun barang-barang.

Adêging pabrik enggal punika dening ngakathah têmtu tinampi kanthi bingah, sarta inggih têmtu angsal biyantunipun para ingkang kawogan, sarta para ingkang sami ngajêng-ajêng supados tanah Hindia ngriki majêng bab indhustrinipun, ingkang têmahanipun damêl kiyating ekonominipun tanah ngriki.

--- 1273 ---

Konpêrènsi Pèrês

I

Garèng : Wè èh, ming sasaba nèng Bandung saawan bae, kok banjur ketok klimis mundhak ênom sapuluh taun. Ayake rada oleh-olehan dèn bèine piye. Coba, Truk, tak mèlu nêmpil, apa olèh-olèhmu.

Petruk : Pêpak tur gê-wèl-dhêh, Kang Garèng. Olèh-olèhku têrus manjing ana ing pangangên-angên, rumêsêp ing balung sungsum. Ngantèk têkan saprene durung ilang-ilang. Cara kapujanggane, tansah kumanthil-kanthil ana ing pucuking idêp, diêbyarake saya ngalela, diêrêmake saya kêrasa-rasa.

Garèng : We lha, rada nyamari kiye. Mêngko gèk katutan sing ambaurêksa Bandung.

Petruk : Pangèstumu ora, Kang Garèng.

Garèng : Êng, sokur, ta. Hla ênggonmu ngaluyur mênyang Bandung kuwi, ana gawe apa, Truk.

Petruk : Mêsthine kowe uwis krungu, Kang Garèng. saploke ana R.P.D., para jurnalis kuwi rak rada kêrêp panèn koprèngsi.

Garèng : Êng, iya iya, Truk, wis ngrêti aku. Dadi lèhmu mênyang Bandung kuwi, cara kampungane... , nglurug kêndhurèn, kadèkna nganggo sangu glempo sêpesial wadhah bêrkat.

Petruk : Iyah, wong gunêman mono bok aja anggêr kêduga bae.

Garèng : Elho, aku iki mung apa anane, Truk. Kabar-kabare, anggêr ana pèrês koprèngsi kuwi, mêsthi nganggo makan bêsar.

[Grafik]

Petruk : Sing uwis uwis pancèn nganggo, Kang Garèng, mung bae prakara makan bêsar mau, mung bangsane tatakrama, patut-patute. Uwis jamak lumrahe, wong nyênyuruhi mêsthi nganggo sêdhiya suguhan. Ananging, aja kok kira nèk ênggone padha kêraya-raya mênyang Bandung kuwi mung arêp nglurug pestaraja, ora babar pisan. Ana prêlune sing luwih heibat, yaiku dituduhi... mriyêm.

Garèng : Iyah, sêmbrana. Mriyêm tênan, apa mriyêm jênênging kuwih-kuwih.

--- 1274 ---

Petruk : Mriyêm tênan, Kang Garèng.

Garèng : Kok rada modhèl. Lagi kiye, aku krungu pèrês koprèngsi mriyêm. Sing uwis taksumurupi, koprèngsi pèrês kuwi mêsthi kaya gandringan. Para wêwakil pèrês padha takon, wêwakil nagara mangsuli. Utawa wêwakil nagara awèh sêsuluh prakara-prakara kang pênting-pênting kang sakira prêlu disumurupi wong akèh. Para jurnalis pating klurik anulisi.

Petruk : Hê êh, lumrahe pancèn ngono. Êmbèn-êmbèn kono mêsthine iya kaya ngono. Mung bae, kongprèngsi mêntas iki, pancèn mula arêp dituduhi mriyêm, Kang Garèng.

Garèng : Êng kêjaba, ta, nèk pancèn sêpesial nonton mriyêm. Anu, Truk. Prakara pêrslah gladhèn mriyêm-mriyêman, aku wis maca ana ing layang kabar. Sing arêp taktakokake pêrslahmu dhewe, pangalamanmu dhedhe.dhewe. Sajroning nonton mriyêm, kowe olèh bathi apa.

Petruk : Awakku kaya diidak-idak gajah, Kang Garèng. Têkan ing ngomah aku banjur anjêrbabah andhêpani ambèn. Awakku takblonyo bêras kêncur êntèk patbêlas sèn.

Garèng : We hla, wêruha rak layat aku. Olèhmu gulung-koming kuwi, jalaran apa. Apa kambus granat kartèt.

[Iklan]

Petruk : Kambusa mimis tênèh uwis dipitungdinani. Lèhku glasaran kuwi, marga ana ing Bandung aku glotha-glathe ngicipi nunggang trèktor. Wèh, aja mu-tinêmu, Kang Garèng. Maune takarani kapenak, kaya nunggang montor sêtrim lain kae. Jêbul ora. Lakune sakêpenake, nrajang jugangan, punthuk, bêthèk, kawat êri. Cêkake, sagêlêm-gêlême, mung waton golèk cêdhak, enggal têkan sing diênêr. Dadi prakara dalan ora diprêduli, êmbuh ambrênjul, êmbuh rata, ditrajang wani. Rawe-rawe rantas, malang-malang putung. Sajroning nunggang montor dhêmit kuwi, wêtêngku kuwi kaya diongklok. Lèhku sarapan sêga gorèng nèng sêpur, êntèk kabèh. Topiku kabur, êmbuh tiba mênyang êndi, aku ora wêruh. Mung rahayune, dene untuku palson ora rontog. Upama rontog, banjur kêtlingsut, hla rak kêwirangan bangêt.

Garèng : Hêm, nèk ngono, gêgamane prajurit kene uwis pêpak, ya, Truk.

Petruk : Pancèn uwis pêpak, tur modhèrên.

--- 1275 ---

BÊBAYA NGAWANG-AWANG.

(Sambêtipun K. No. 86).

Yèn ing salêbêtipun sumaput tiyangipun kêjot, srawean utawi ndhupak-ndhupak, punika inggih kêdah dipun tilêmakên Ion-lonan, kaangkaha sampun ngantos badanipun tatu margi saking ebahipun piyambak wau. Ebahipun wau ugi sampun dipun agol-agoli, mindhak malah botên sae.

Yèn wontên tiyang kêtaton kenging gas, têmtunipun panggenanipun ngriku inggih wontên gasipun. Yèn tiyang ingkang badhe têtulung botên ngatos-atos sagêd kadrawasan piyambak.

Mila prêlu sangêt ngangge topèng gas. Tiyangipun dipun papanakên ingkang sakeca, botên prêlu dipun pindhah panggenanipun.

Yèn hawa ing ngriku kaworan gas, tiyangipun kêdah dipun ênggèni topèng gas. Ingkang mitulungi piyambak inggih kêdah mawi topèng gas. Yèn namung wontên topèng gas satunggal, tiyangipun kêdah dipun wêdalakên saking panggenan gas ngriku dipun sèrèd utawi dipun panggul; topèngipun gas ingkang ngangge ingkang mitulungi.

Yèn tiyangipun botên sumaput, prayogi kapurih ngombe angêt-angêt, yèn wontên kopi.

Yèn tiyangipun kenging mosterdgas, tiyang ingkang badhe têtulung kêdah mawi topèng gas; sarta sak botên-botênipun inggih kêdah mawi sarung tangan karèt.

Yèn prêlu sangêt, nguculi panganggenipun tiyang kenging mosterdgas punika mawi tangan ingkang dipun blêbêd srêbèt lajêng dipun buntêl mawi cellophaan, utawi mawi sapit. Kêdah ngantos-atos, sampun ngêmèk barang ingkang kenging utawi mbokmanawi kenging mosterdgas.

Barang ingkang kenging mosterdgas, sadaya kemawon, sadèrèngipun dipun rêsiki utawi kabêsmi, kêdah dipun singkirakên têbih, sampun ngantos kagêpok ing tiyang.

Yèn ing kulit wontên mosterdgasipun arupi toya, kêdah tumuntên dipun ulapi. Anggènipun ngulapi kêdah ngatos-atos, sampun grusa-grusu. Tangan têtêp dipun blêbêd utawi mawi sarung tangan karèt. Caranipun ngulapi mawi kapuk, gaas utawi srêbèt dipun tutul-tutulakên. Kapuk, gaas utawi srêbèt yèn sampun kangge kêdah kabêsmi utawi kacêmplungakên ing jer-jeran cloorkalk. Wusana kulit ingkang kenging mosterdgas wau kêdah lajêng dipun gosok mawi pupur garing, abên-abênan caporiet 1 perangan, kalihan magnesia 2 perangan dipun wor (utawi cloorkalk 1 perangan kalihan talkpuder 2 perangan).

[Iklan]

Sasampunipun kêdah dipun kumbah wongsal-wangsul mawi toya (langkung prayogi toya bêntèr) kalihan sabun ijêm (groenezeep). Lajêng ngêntosi dhatêngipun dhoktêr.

Klêbêtan koolmonoxyde.

Yèn wontên tiyang kacilakan jalaran kalêbêtan koolmonoxyde (kolendamp), margi wontên jêblosan bom ing sacêlakipun utawi sangandhapipun sênthong pandhêlikan wontên pipa gas pêcah (gas lampu wontên kolêndamipun), ingkang prêlu piyambak kêdah katindakakên, inggih punika tiyang wau kabêkta mêdal, dhatêng panggenan ingkang hawanipun rêsik botên wontên gasipun. Tiyang wau sanajan botên sumaput inggih botên sagêd kesah saking panggenan ngriku piyambak, awit botên gadhah kêkiyatan.

Anggènipun nggotong kêdah kalihan ngampêt ambêkan, sanajan ngangge topèng gas pisan. Yèn prêlu nêdha biyantu tiyang sanès. Tiyang ingkang dipun têdhani biyantu inggih kêdah ngêmpêt ambêkanipun.

Yèn tiyangipun klêbêtan koolmonoxyde, sawêg kêdah dipun tulungi ambêkan (kunstmatige ademhaling).

Ing ngriku sawêg kenging dipun tulungi ambêkan !

Wiwitipun hawa ing kêbuk dipun dalakên ! Tiyang sumaput botên kenging dipun ombèni !

Wadah prêban mirah-mirahan.

Tumrap tiyang limrah yèn badhe sadhiya jampi sapêpakipun wontên ing griya (huisapotheek) punika kawisên.

Ewadene prayogi sangêt yèn gadhah wadhah prêban piyambak. Ing ngandhap punika isinipun wadhah prêban, limrah tur mirah prêlu kaangge yèn wontên lurugan mêdal gêgana.

Wragadipun sakêdhik sangêt, punapa maiih yèn punapa-punapa salong purun yasa piyambak, tur tumbasipun purun sêsarêngan kalihan tiyang sanès. (Wontên lajêngipun).

--- 1276 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

TANAH NGRIKI.

[Grafik]

Warga Raad Kawula Wanita. Kawartosakên, nyonyah J. Ch. Neuyen-Hakker, arts, (kacêtha ing gambar) kaangkat dados warga Raad kawula anggêntosi nyonyah Razoux Schultz-Metzer.

Dados analist. M. Suwarto, kaangkat dados analist ing Laboratorium tumrap Scheikundig onderzoek Afdeeling Nijverheid, ingkang ingajêng sampun nindakakên padamêlan wau.

Padagangan sês krètèk kêkirangan barang. Miturut wartos, kawontênanipun pabrik sês krètèk ing Kudus sami kêkirangan cêngkèh tuwin dlancang kangge sês. Kêkiranganipun wau jalaran saking kawontênaning paprangan. Manawi kabêtahan punika botên tumuntên angsal, sagêd ugi kathah pabrik sês ingkang lajêng tutup. Ing bab punika lajêng dados kawigatosanipun B.B. tuwin Dep. E.Z.

Lêbaran ing Bêtawi. Lêbaran ing Bêtawi sagêdhagan punika katingal ragi sêpên. Mênggah sababipun sagêd ugi jalaran saking kirangipun têtiyang ingkang sami ngungêlakên mêrcon. Nanging untabipun têtiyang ingkang sami kêkesahan inggih taksih rame, namung wontên sudanipun sawêtawis.

Ngudi papriksan kasarasan. Gemeenteraad Kêdiri nampèni saha ngajêngi usulipun Dr. Patirajawane, badhe ngindhaki cacahing têtiyang ingkang kapiji mriksa kasarasaning para murid sêkolah. Wontênipun makatên, amargi ing mangsa bêntèr punika kathah murid ingkang sami kataman sêsakit kulit, gatêlan, cacar-toya, sêsakit bêntèr tuwin sanès-sanèsipun. Jalaran saking kathahipun tiyang ingkang sakit; ngantos botên kêcêkap dipun priksa ing dhoktêr. Tumrap bawah Gemeente Kêdiri cacahing murid ingkang kêdah kapariksa wontên 4500, sanadyan murid wau botên sakit sadaya, nanging ugi pêrlu diundipun. priksa kasarasanipun.

Inggah-inggahan ing Jawi Wetan. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi Wetan, R. Masyhur, tijd. wd. ajunct-jaksa Landraad ing Lumajang, paresidhenan Malang, dados asistèn-wêdana paresidhenan Malang. M. Tirtowijoyo, tijd. wd. asistèn-wêdana klas 2 paresidhenan Madura, têtêp dados asistèn-wêdana.

Prangko ing Tanah Ngriki. Badhe tumindhakipun damêl prangko tumrap tanah ngriki ingkang ugi badhe dipun garap wontên ingriki, taksih sawatawis wulan malih. Ing wêkdal samangke sawêg katindakakên tatananipun. Dene ingkang ing sapunika kêkiranganipun parangko, badhe ngangge prangko lami ingkang rêgi gangsal sèn, pêrlu kangge nyêkapi kabêtahan, dados saupami wontên ingkang tumbas rêgi 60 sèn dumugi 200 sèn, badhe dipun sadèni prangko ingkang rêgi gangsal sèn lami wau, waton gunggunging rêginipun sami.

Adêgipun Hoogere Krijgschool. Adêgipun pamulangan luhur ingkang kasêbut punika dados imbang-imbanganipun Koninklijke Militaire Academie, bikakipun badhe wontên ing wulan December ngajêng punika. Directeuripun karangkêp Directeur K.M.A. Mayor P.G. Mantel.

B.P.M. ing Cêpu mitulungi taya. Jalaran saking sangêting rêkaos angsal toya têtiyang ing sakiwa têngênipun Cêpu, awit saking kamirahanipun B.P.M. têtiyang ingriku kakengingakên mêndhêt toya saking kraan gadhahanipun B.P.M. pêrlu kangge ngombe.

Papan pamiyaran ulam loh kasatan toya. Papan pamiyaran ulam loh ing dhusun kota wetan, Garut, kathah ulamipun ingkang sami pêjah, gunggungipun kintên-kintên wontên 4270 kg. rêrêgèn f 637.50. Dene sababipun botên sanès jalaran saking kawontênaning mangsa têrangan punika.

Njêmbarakên Sono Budoyo. Ing wêkdal punika Sono Budoyo ing Ngayogyakarta dipun jêmbarakên, waragadipun f 120.000.-. Kintên-kintên rampung wontên ing wuIan December ngajêng punika saha lajêng kabikak opisil.

Montên saking Inggris. Wiwit wulan Sèptèmbêr dumugi wulan December ngajêng punika, kintên-kintên wontên montên saking Inggris cacah 20.000.000 mètêr ingkang kakintunakên dhatêng tanah ngriki.

Inggris tumbas tèh dhatêng Indonesia. Kawartosakên, ing wêkdal punika parentah Inggris tumbas tèh saking Indonesia 40 yuta ton, wêkasanipun dumugi ing wulan December ngajêng punika. Ing salajêngipun wiwit tumindakipun taun 1941 ugi ngawontênakên prajanjian enggal malih.

Pitulungan dhatêng Mêkah. Ing wêkdal punika wartosipun sampun umum bilih ing tanah Arab kathah bangsa pribumi ing Indonesia sami nandhang kêsrakat. Bab punika kathah pambudidaya kangge mitulungi dhatêng têtiyang ingkang sami kasangsaran wau. Ing sapunika tumrap parentah ugi kaparêng badhe paring pambiyantu awarni arta ing sabên wulan f 8000- Kajawi punika ugi wontên pambudidaya murih têtiyang wau sami sagêd kabêkta wangsul dhatêng Indonesia. Nanging tumindhakipun kintên-kintên sasampunipun mangsa têtiyang minggah kaji, sasampunipun wulan Januari utawi salajêngipun.

Sopir èstri. Ingajêng sampun nate kawartosakên ing bab para nyonyah ing Bêtawi ingkang sinau nglampahakên auto utawi autobus. Ing sapunika sampun wontên nyonyah 25 ingkang angsal sêrat tandha wênang nglampahakên auto. Salajêngipun para nyonyah wau badhe nglajêngakên pasinaon ingkang langkung lêbêt. Golonganing nyonyah-nyonyah wau dipun namakakên "Vrouwelijke Auto Corps" saha kacêkak V.A.C. Para nyonyah wau badhe dipun sukani pangangge rok tuwin rasukan klawu, kêmeja pêthak, dhasi ijêm tuwin topi helm. Ing salajêngipun General Motor badhe mulang nyonyah-nyonyah malih 50.

Kasangsaran motor-mabur. Sampun sawatawis dintên, motor-mabur "Mêrapi" gadhahanipun ariwarti Locomotief, nalika katindakakên nggêgana dening tuwan M. Y. Berg. sarêng mandhap, suwiwinipun ingkang sasisih nggêpok siti, lajêng putung, salajêngipun karisakan, nanging wilujêng botên adamêl tiwasipun ingkang numpak. Motor-mabur wau asli saking urunanipun para maos Locomotief, pêrlu kangge motor-mabur ulah raga.

Wisudhan ing Ngayogya. Awit saking kaparêng dalêm Ngasa dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta, Mr. R. Ng. Muksinun kawisudha apangkat riya bupati, kaparingan nama Mr. R. Riya Purbahatmaja, tuwin Dr. R. Sudigdo ugi kawisuda makatên kaparingan nama Dr. R. Riya Martahusada.

--- 1277 ---

Juru nggêgana Indonesia dhatêng Inggris. Awit saking karsanipun Sripaduka Prins Bernhard, badhe wontên juru nggêgana Indonesia ngriki ingkang kakintunakên dhatêng Inggris badhe nindakakên damêl ingriku.

RINGKÊSAN PAWARTOS SAJAWINING PRAJA.

Rêbo 6 November.

Katêranganipun Churchill (Reuter, Londen). Nalika suka katêrangan wontên ing Gêdhong Andhap, Winston Churchill nyariyosakên yèn sampun damêl rancangan benjing th. 1943-1944 baita pêrang Inggris badhe dipun wêwahi kathah. Inggris sampun suka pitulungan agêng dhatêng Griekenland. Wontên ing Kreta sampun damêl pakèndêlan montor mabur tuwin baita pêrang. Dêdamêl sanèsipun sampun kaingsêr kangge mitulungi Griekenland. Bab panêmpuhipun Jerman dhatêng Londen, kacariyosakên, yèn kathahing tiyang ingkang nêmahi tiwas wontên 14.000, kêtaton awrat 20.000, samantên punika ingkang 80% têtiyang ing Londen. Ugi kacariyosakên, wadya R.A.F. sampun wiwit nggêmpur kitha-kitha tuwin palabuhan-palabuhan ing Italie sisih kidul.

Spanyol botên nayogyani. (United Press, Londen). Miturut wartos-wartos kalangan diplomatik ing Madrid, Jendral Franco botên purun minangkani panêdhanipun Jerman, anggènipun badhe ngangsahakên prajurit dhatêng Gibraltar utawi Portêgal mêdal Sêpanyol, sarta anggènipun badhe ngangge pakèndêlan baita pêrang tuwin montor mabur ing Sêpanyol. Kawartos ugi sampun wontên galagat sae tumrap sêsambêtanipun Inggris kalihan Spanyol, kados upaminipun rêmbag dagang Inggris-Spanyol ingkang badhe mayarakên karibêdanipun Spanyol bab pasudhiyan têdha tuwin urub-uruh

Prancis botên badhe ngulungakên jajahanipun (Reuter, Washington). Pamarentah Petain alantaran wêwakil Prancis ing Amerika. M. Haye, sampun nampèkakên sêrat dhatêng Roosevelt tuwin Cordell Hull minangka wangsulan pitakènipun Roosevelt dhatêng Petain. Sami kinintên, bilih wiraosing sêrat Prancis nêrangakên yèn botên badhe ngulungakên jajahanipun dhatêng Jerman tuwin Italie.

Amerika badhe nyewa Martinique? (Reuter, Washington). Wontên kabar angin martosakên yèn Prancis badhe nyewakakên pakèndêlan baita pêrang ing pulo Martinique dhatêng Amerika. Sampun wontên kumisi Amerika ingkang dhatêng ing Martinique badhe rêrêmbagan kalihan para pangagêng Prancis ing pulo wau.

[Grafik]

Sri Bagendha Maharaja George, nata ing Griekenland.

Tarungipun wadya lautannlautan. Italie kalihan Griek (United Press Bodapest). Wontên wartos saking Athene, kala dintên Ngahad wadya lautan Griek têmpuk kalihan wadya lautan Italie wontên ing sacêlakipun Korfu. Baita Italie kalih, ingkang satunggal baita transport, kakèrêmakên. Wartosipun, nalika campuh pêrang wau, wadya Griek mawi dipun biyantu baita pêrang Inggris.

Ruslan têtêp netral (Reuter, Moskou). S.k. Pravda ngambali malih nyariyosakên yèn Ruslan taksih têtêp netral, lan inggih taksih têtêp siyaga ing pakèwêd sarana nyantosakakên wadyanipun dharatan tuwin lautan.

Baita silêm Italie kalihan Jerman tumandang sarêng (United Press, Rome). Wontên wartos saking kalangan Rome, baita-baita silêm Italie tumandang sêsarêngan kalihan bitabaita. silêm Jerman ing Noordzee tuwin sagantên Atlantik. Baita silêm Italie ingkang wontên ing sagantên têngah sampun wontên ingkang nlusup supitan Gibraltar dhatêng sagantên laladan Inggris.

Mlajêng dhatêng Tanger (Reuter, Tanger). Kala dintên Sênèn wontên baita silêm ingkang mlajêng dhatêng Tanger malih, margi kabujêng baita torpedho Inggris. Miturut wartos ingkang kenging pinitados, ing supitan Gibraltar, sampun wontên baita silêm Italie tiga ingkang kakèrêmakên.

Papêrangan ing Griekenland (United Press, Athene). Kawartosakên, prajurit Italie wontên ing parêdèn saantawisipun Koritza kalihan Metzovo, dipun kêpung prajurit Griek. Kathahing prajurit Italie wonten 12.000.

Italie kecalan baita silêm 24 (Reuter, Londen). Salêbêtipun Italie tumut nrambul pêrang, apêsipun kecalan baita silêm 24. Salajêngipun kanayakan wadya lautan Inggris nêrangakên, yèn kala tg. 28 October wontên baita silêm Italie kalih ka-kèrêmakên wadya lautan Inggris.

Papêrangan ing Tiongkok (Reuter, Nanning). Prajurit Tiongkok ingkang sami tumandang wontên ing Channankwan ing tapêl watês Indo-China nglajêngakên anggènipun ngundurakên wadyabala Jêpang ingkang sami pacak baris wontên ing Pingerhkwan. Prajurit Jêpang taksih têrus nanggulang pandhêsukipun wadya Tiongkok wontên ing Channankwan kalihan ngêntosi bêbantu saking Indo-China. Kala tg. 3 prajurit Tiongkok sagêd ngrêbat wangsul kitha Pinglochiao, sasampunipun ngrêbat kitha Hsiaotung.

Kêmis 7 November.

ROOSEVELT KAPILIH PRESIDHÈN MALIH (REUTER, NEW YORK). Presidhèn Roosevelt sampun têrang yèn kapilih dados presidhèn malih. Ingkang milih Roosevelt nagari 37 pamilihipun 437. Ingkang milih Willkie nagari 11, pamilihipun 94. Kala tg. 6 jam 9, Roosevelt sampun angsal swara 21.255.000, Willkie 17.740.000. Willkie sampun ngakêni yèn kawon.

Anggènipun ngêbomi Jerman badhe dipun indhaki (Reuter, Londen). Nayaka nggêgana Sir Archibald Sinclair nalika sêsorah wontên ing Sheffield nêrangakên yèn panêmpuhipun Inggris dhatêng Jerman mindhak kiyat, sarta badhe dipun indhaki malih sêrêngipun.

Yugoslavie katut dipun bomi Italie (Reuter, Stockholm). Kitha Monastir tuwin Ochrid kala tg. 5 dipun bomi montor mabur. Kalangan panguwaos ing Yugoslavie, miturut katêranganipun korrèspondhènipun s.k. Dagens Nyheter, nêrangakên yèn ingkang ngêbomi punika montor mabur Fiats (dados gadhahanipun Italie). Kalangan Bêrlin mirêng wartos yèn ingkang ngêbomi Yugoslavie wau mila wadya gêgana Italie.

Prajurit Griek têrus nètèr mêngsah (Reuter, Athene). Miturut katêranganipun pangagêng wadya Griek, prajurit Griek sagêd ngrêbat parêdèn ing barisan Macedonie kilèn. Mriyêm kalih, mortier tuwin sênjata mêsin Italie sawatawis dhumawah ing tanganipun Griek. Montor mabur Griek ngêbomi Koritza tuwin Argyrokastro, sagêd damêl risaking montor mabur Italie ingkang taksih wontên ing dharatan. Montor mabur Italie ingkang wontên ing gêgana, wontên kalih ingkang kalêbur. Montor mabur Griek wilujêng.

Tank Italie lêbur dening mriyêm Inggris (Reuter, Londen). Miturut katêranganipun nayaka papêrangan Griekenland, tank Italie 19 ingkang kalêbur dening prajurit Griek, punika panglêburipun mawi mriyêm mêngsah tank damêlan Inggris.

--- 1278 ---

WAOSAN

SINBAD.

Ing nagari Bagdad wontên bêrah anama Hinbad, dintên wêktu punika, anglêrêsi panas sangêt, angrêrêmbat. Saking awrating bêbêktan sarta sangêt ing sayahipun, mangka panggenan ingkang badhe dipun purugi taksih têbih, lampahipun kèndêl ing radinan. Ingriku panuju anginipun silir-silir, rêmbatanipun kasèlèhakên, sarta dipun lênggahi, wondening panggenaning kèndêl punika cakêt kalihan griya agêng.

Bêrah wau sakalangkung karêm, gènipun kèndêl ing radinan punika, sabab mambêt wangi sarta kutug, ingkang mêdal saking jandhelaning griya agêng wau, kalih amirêng swaraning gangsa, abarung kalihan ungêling pêksi kathah warni-warni, ciptanipun Hinbad, amêsthi wontên tiyang kasukan nêdha eca, badhe sumêrêp ingkang gadhah griya, sarèhning awis-awis angambah ing radinan punika, mila kirang ing sêrêpipun. Saking adrêng badhe sumêrêp, Hinbad murugi rencangipun ingkang gadhah griya, kang panuju ngadêg wontên ing kori, panganggenipun sae, punika kang dipun takèni, mênggah namanipun ingkang gadhah griya agêng wau, wangsulanipun : kowe iku wong ing Bagdad, dene têka ora sumurup, yèn kang duwe omah iki aran Sinbad, kang wis misuwur ngambah sêgara ing ngêndi-êndi, sarupaning sêgara kang kasorotan padhanging srêngenge wis tau diambah.

Ingkang wau Hinbad sampun mirêng mênggah kasugihanipun Sinbad, katimbang ing kamlaratanipun, ing batos murina dhumatêng kabêgjanipun Sinbad. Saking sangêting murina, tumênga sarta sora sêbutipun, ngantos kamirêng ing tiyang kathah. Ya Allah Gusti kang murbèng tuwuh, mugi anggalih sulayanipun badan kula akalihan Sinbad, sabên dintên kula anglampahi kangelan amanggih sangsaya, sangêt kangèlanipun nggèn kula ngupados têdha, angingoni anak rayat kula, punapadene têtêdhan, inggih amung kang botên eca, ingkang sami kula têdha, mangka pun Sinbad punika botên kêkirangan ing samukawis, amukti wibawa, amanggih kasênêngan, punapa lêlabêtipun, dene sampeyan paringi nugraha, sarta punapa dosa kula, dene anglampahi kasrakat. Hinbad sarêng sampun wicantên makatên, agêdrug-gêdrug, solahipun kados tiyang amanggih kasusahan.

Dèrèng sampun gèning angêngêt-èngêt cilakanipun, anuntên Hinbad aningali rencang jalêr, mêdal saking griya, amurugi piyambake, sarta anyandhak baunipun, kalih wicantên : "Ayo tut buria aku, bêndaraku tuwan Sinbad arêp andangu apa-apa mênyang kowe."

Pun bêrah nalika dipun jak lumêbêt, ajrih ing manah awit sampun kêwêdal wicantênipun wau, ciptaning galih, mila dipun timbali, botên sande badhe kadangu, ingkang dados wicantênipun wau, sarta andugi yèn badhe manggih ribêd, mila lajêng mopo, asamudana kuwatos, yèn tilara rêmbatan wontên ing radinan, ananging rencang wau anyagahi akèn rumêksa, sarta adrêng pangajakipun, Hinbad kapêksa anuruti.

Bêrah wau kairid lumêbêt dhatêng kamar agêng, ingriku kathah tiyang sami lênggah ngêpang meja, rêrampadan adi-adi, ingkang lênggah têngahing meja tiyang sêpuh, jenggotipun sampun pêthak, awingit sêmunipun. lngkang ngadêg ing wingkingipun para rencang, kang sami angladosi.

Mênggah tiyang sêpuh wau, inggih punika ingkang nama Sinbad. Bêrah sangsaya ajrih, aningali tiyang kathah, lêlênggahan sami anêdha eca, lajêng uluk salam sarta andharodhog. Sinbad angatag akèn majêng, ajajara lênggah wontên têngênipun, anuntên kapurih nêdha sarta ngunjuk anggur.

Sarêng Sinbad aningali, yèn tamu sampun sami kèndêl nêdha, lajêng apitakèn dhatêng bêrah, nama sarta padamêlanipun. Bêrah amangsuli : "Nama kula pun Hinbad."Sinbad wicantên malih: "Aku bungah andêlêng kowe, Ian aku namtokake yèn dhayohku kabèh iya bungah andêlêng kowe, ing mêngko aku arêp ngrungokake dhewe, mungguh calathumu kalane kowe ana ing lurung. Sinbad sadèrènge nêdha, amirêngakên wicantênipun Hinbad saking jandhela, punika sababipun mila kaundang malêbêt.

Hinbad sarêng kapitakenan makatên tumungkul, sangêt kèwêdaning manah, wusana wangsulanipun : "Tuwan, nggèn kula kawêdal wicantên, ingkang botên sayogi wau, amung saking ing sayah kula, mila dados anêdha pangapuntên sampeyan." Sinbad amangsuli : "Aja kowe sumêlang, yèn basamu bakal dadi sêrike atiku, ora pisan aku anyrêngèni, malah wêlas mênyang pêpasthènmu. Kang iku aku sumêdya amadhangake, mungguh panggrundêlmu mênyang aku, amarga kurang ing surupmu, ciptaning atimu olèhku mukti iki tanpa nyambutgawe Ian kangelan. Mêngko kowe dak surupake, olèhku nêmu kabêgjan iki asarat kangelan pirang-pirang taun, akanthi karsakatkasrakat. lara awak Ian lara ati. " Sinbad lajêng wicantên dhatêng para tamunipun: "Tuwan-tuwan sadaya, wicantên kula punika saèstu, sarta kula amasthèkakên, sanajan tiyang ingkang murka sangêt dhatêng ing kasugihan, yèn amirêngakên cariyos, nggènkula kasurang-surang, sande pikajênganipun angambah sagantên, angangkah kasugihan wau, sampeyan sadaya kados dèrèng cêtha ing pawartos, bab lêlampahan kula anglangkungi saking anèh, sarta nggènkula amanggih bilai wontên ing sagantên ngantos kaping pitu. Sarèhning ing sapunika kapinujon, badhe nyariyosakên lêlampahan kula, ingkang kalayan têmên-têmên; pandugi kula sampeyan sadaya kados botên badhe bosên amirêngakên.

Sarèhning Sinbad badhe nyariyosakên lêlampahanipun, supados bêrah wau sumêrêpa, sadèrèngipun amiwiti pêparentah, anglêbêtakên rêmbatanipun Hinbad, ingkang katilar wontên ing radinan, sarta kaprênahakên ing panggenan. Anuntên cariyos kados ingandap punika.

--- 0 ---

No. 46, 8 November 1940, Taun XI

TAMAN BOCAH

Ingkang ngêmbani: BU-MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CÈNTRUM. RÊGANE SATAUN f 1.50 KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK. LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN

WARISANE ABDULLAH

Ing kutha Bagêdad ana sudagar sugih. yèn dodolan nganti têkan nêgara adoh. Nganti tuwa iya isih lunga dodolan dhewe, nanging anake lanang têlu mêsthi padha dikon mèlu.

Kacarita, nuju lunga dodolan, sudagar mau, yaiku Abdullah jênênge, ana ing dalan lara bangêt, nganti dadi Ian ngajale. Nalika samono sudagar-sudagar liyane sing padha barêngan kambi Abdullah wis arêp mangkat manèh. Wong-wong mau anggone padha lèrèn ana ing "hotèl" ing sêgara wêdhi. "Hotèl" ing sêgara wêdhi iku sing akèh-akèh milih panggonan sing ana banyune Ian iya sing ana têtuwuhane. Wong-wonge (bature) Abdullah padha mèlu susah, mêrga pancèn trêsna bangêt kambi bêndarane. Barêng sudagar-sudagar barêngane lêlungan wis padha nêrusake lakune, sêdulur têlu anak-anake Abdullah Ian batur-bature padha kêpêksa kèri. Sawise ngubur bapakne, nonoman têlu mau banjur padha ngêdum warisan. Wêlinge bapakne jarene : kajaba raja darbe liyane, prakara jaran 17, Ibrahim, sing tuwa dhewe olèh panduman saparo, Ali, panggulune olèh sapratêlon, dene Nuzri, sing ênom dhewe olèh saprasangane.

Sêdulur têlu padha bingung. Pikirên dhewe, cah, yèn kowe kêpriye ? Wusana barêng dirêmbag-rêmbug mêksa ora ana sing nêmu akal, banjur dadi padu. Ibrahim njaluk jaran sanga, turah lu, sing ênêm Ali, sing loro Nuzri. Ujare : a ya ana olèh jaran kok mung sêparo ?"

Nuzri ora trima : "Kuwi nèk wong srakah! wis olèh barang pirang-pirang mêksa isih njaluk wuwuh. Bêcike...

[Grafik]

Wong têlu ujug-ujug mak cêp, marga ana wong tuwa marani. Wong mau Mohamad bèn Brahim, kambi Abdullah têpunge bêcik bangêt. Wêruh sêdulur têlu padha rêgêjêgan disrêngêni : "Ana apa, ana apa kuwi ! Kok sajak ora mêmundhi marang pakone bapakmu. Sing marakake dadi padu ki apa ? Coba kandhakna. Mbokmanawa aku bisa mèlu nggolèkake reka."

Sêdulur têlu banjur padha nyritakake prakara anggone wêling bapakne bab tinggalane jaran. Mohammad mênêng sadhela, barêng uwis njut kandha : "Bapakmu ki pancèn pintêr. Sajatine kuwi rak arêp nyoba kowe. Mung kowe bae sing padha ora ngrêti. Malah njut dadi padu. Tujune bae wis dadi kêrsane Kang Maha Adil aku liwat kene. Nèk ora salah, aku ngrêti karêpe bapakmu.

Aku ki uwong ora duwe. Duweku ya mung jaranku siji kae. Ewadene, sarèhne aku kambi bapakmu têpunge bêcik bangêt, jaranku dakwènèhake kowe. Wis, saiki kono warisane bage-Dilanjutkan pada halaman berikutnya setelah tanda garis.

--- 0 ---

SASI PASA.

Waduh panase, hêm, wêtêng kok pêrih têmên, uh, uh, sirahku mumêt ! Hêm, kaya ngene rasane !

Lho, sapa kang gêmrêmêng ana mburi omah kuwi ? Kuwi Sarna, sêkolah H.I.S. klas 6. Sarna kuwi pintêr, nanging nakale diêntèk-êntèkake dhewe.

Sasi Pasa iki didhawuhi ibune kudu mèlu pasa, suk Bakda bakal ditukokake klambi gabardhin. Wah, kaya ngapa susahe; kulina dadi R. Gathutkaca alias Sambêr Lodhong. Tukang babad-babad isining lêmari, jêbul didhawuhi pasa ! Ora nggumunake, yèn njur nglêlur kaya wayang lulang ilang gapite. Yèn mulih sêkolah ulate mbêsêngut, nyèlèhake pit wae dibrukake. Barang-barang sing ana ndalan ditêndhang.

Dina Ngahad Sarna lungguh dhewe ana mburi omah grênêngan kaya kang kasêbut ing dhuwur mau.

Hêm, lagi jam sêpuluh wêtêngku wis kluruk, sêdhela manèh pêtok-pêtok. Kadingarèn ora ana saoto liwat. O, lha kuwi, lagi dirasani wae wis mara. Wis kêbênêran bapak-ibu tindakan, aku tak jajan. Kêna apa wêtêng luwe ora diisèni ? Ana bakul saoto kudu ditukoni ! yèn tak pikir wong-wong kae kêmplu, padha ora gêlêm jajan. Sababe apa ? Ah, êmbuh, ora ngrêti.

Cêkake Sarna klakon sida jajan warêg, ulate padhang. Pancèn sabên dina ya kaya ngono kuwi. Yèn wayahe saur mèlu saur, mbênêri buka ya mèlu buka. Bocah nakal ya kaya ngono kuwi !

Sawiji dina bubar jajan, Sarna dolan nyang kampung Mbabèn. Ana kono gumun wêruh babi onthak-anthuk karo jago. Sarna njur nyêdhak nilingake apa kang padha dirêmbug. Wong bocah pintêr, dadi iya ngrêti, kaya krungu apa sing digunêm, kira-kira mangkêne :

Jago : "Bi, Bi, kowe kok lêmu têmên, sing marakake apa ?"

Babi : "O, ngrêtia Go, jalarane lêmu mêrga saka kokehan mangan. Aku kulina, nèk ora mangan sadhela bae wêtêngku ngintir-intir. Barêng kêbanjur lêmu ngene iki, gêtunku ora kêna ditêbus !

[Grafik]

Wong kokehan mangan iku nyang pikir marakake sumpêk. Tur yèn aku, yèn wis lêmu ngene iki mung dadi bêlehan bae. Arêp diênggo mrêgawe apa-apa ora bisa, wis kêbanjur wêgah.

Beda kambi sing bêtah ngêlih, mikir samubarang cag-cêg. Wusana dadi pintêr. O, lah, kêduwung aku ! Biyèn aku manuta wong tuwa... "

Durung nganti tutug anggone padha gunêman Sarna njênggirat karo mikir : "Apa ya nyata kandhane si babi ? Ee, nèk ngono kêrsane ibu bênêr, didhawuhi pasa bèn bêtah ngêlih."

Wiwit dina iku Sarna ora tau ndhêlik jajan, malah sok umuk kêladuk. Jare ngêblêng (ora mangan ora ngombe) limang dina bêtah.

S. Har.

____________________

[Lanjutan dari: Warisane Abdullah]

bagenên. Yèn ana kêmurahaning Kang Maha Adil mêngko aku rak olèh liru."

Sêdulur têlu ing batin isin bangêt, barêng wêruh Mohammad sing jarane mung siji rila diwènèhake. Barêng uwonge lunga, jarane njut dibage-bage: Ibrahim olèh sêparone jaran 18 dadi olèh jaran sanga. Ali sapratêlone, ênêm. Nuzri saprasangan, loro. Lo, kok turah siji! Njut diêdum manèh, iya turah siji manèh, jarane Mohammad. Ngono iku bola-bali. Mangka siji-sijine iya wis olèh bageyane. Apa ora jênêng elok iku ? Ibrahim sing njut duwe gagasan jaran sing saka Mohammad digawa marang Mohammad.

Barêng jarane dibalèkake, Mohammad kandha : "Iku kêmurahane Kang Maha Adil. Jaran wis dakwènèhake kok bali, tur kowe ora padha kelangan apa-apa. Mulane, yèn kowe duwe barang nganti turah-turah, iku kowe kudu rila yèn ana wong liya sing butuh bangêt. Kayadene aku, jaranku dakwènèhake kowe, jalaran kowe butuh. Nanging wusanane kok iya bali."

--- 0 ---

BABAD.

Dadi kraton Majapait wis madêg, ya, cah. Ya iku dhèk taun 1294. Dadi saprene wis 646 taun. Sing ngêdêgake Radèn Wijaya, sing jumênêng ratu kawitan iya Radèn Wijaya, jêjuluk Prabu Krêtarêjasa.

Lah Ki Wirarêja ing Sumênêp kapriye ? Iya sida diwènèhi saparone tanah Jawa têmênan, ya iku saparo sing sisih wetan. Nanging ora mblabagi, têgêse ora ngênggoni, dipasrahake marang anake, dene Ki Wirarêja dhewe manggon ana kutha Majapait, ngêmbani Prabu Krêtarêjasa.

Wah, bawahe gèk ngêndi bae kraton Majapait iku ?

Sing nomêr siji mêsthi bae tanah Jawa, sing ora katut mung sing kulon, wong ana rajane dhewe. Karo... ngêndi manèh ?

Iya bawahe prabu Krêtanagara biyèn. Prabu Krêtanagara Biyèn rak iya ora mung mbawahake tanah Jawa, ta. Sajabane tanah Jawa ana manèh. Wong nalikane dilurugi karo Jayakatong ing Kêdiri biyèn rak lagi utusan nglurug mênyang tanah Mlayu, ta. Eling ora, kowe ? Malah olèhe dilurugi Jayakatong iku iya marga prajurite ora ana, lagi nglurug mênyang tanah Mlayu iku.

Iya, ya, lah kadadeane priye olèhe nglurug biyèn kae, olèh gawe apa ora, kok ora ana kabare ? Mangka biyèn olèhe mangkat dhèk taun 1275, dadi wis 19 taun, kok durung mulih. Kalah ayake, banjur padha mati ana ing tanah Mlayu.

O,... ambak-ambing, ora. Bubar kraton Majapait madêg, ya iku taun 1294, ing plabuhan Tuban rame. Loke uwong : "Sing nglurug mênyang tanah Mlayu bali ! Sing nglurug mênyang tanah Mlayu bali."

Wah, wong mêthukake iya ora karuwan, takon kabare... mênang apa kalah ?... mênang apa kalah ?

Diwangsuli... mênang, mênang. Wah, surake wong Tuban ora karuwan. Wong diarani wis mati kok... , bali... tur... mênang. Sanalika ing Tuban kaya Lêbaran. Wong sa Tuban mêtu kabèh.

Cêkake senapatine prajurit wis kêtêmu karo Syahbandar, panggêdhe ing Tuban. Wis ngandhakake larah-larahe olèhe diutus nglurug karo gustine Prabu Krêtanagara mênyang tanah Mlayu.

Sanalika ing Tuban kaya Lêbaran. Wong sa Tuban, iya bungah bangêt atine, ngalêmbana marang kakêndêlane, sarta banjur gawe karamean, nyênêng-nyênêngake atine sing padha unggul pêrange. Nanging kambi dikandhani. "O, wêruha, kanca-kanca, ing wêktu saiki kratone wis ngalih, ngalih mênyang Majapait, sarta ratune iya wis salin, sing jumênêng ratu saiki gustimu Radèn Wijaya biyèn kae," banjur nyritakake kaanane nagara Singasari nganti rampung.

Bubar dicritani, prajurit-prajurit padha pating plênggong, padha nangis, nangisi gustine Prabu Krêtanagara, sarta padha gêtêm-gêtêm karo Jayakatong : "Wong ngajak pêrang katik nglimpèkake, nèk pancèn wani, mbok ya biyèn-biyèn, dhèk durung padha mangkat." Nanging banjur padha dipupus. Dinêsonana, digêtunana mangsa balia, ora. Banjur padha gênti ngabarake sadulur-sadulure dhewe sing padha ditinggal pêrang.

Lah ing kono, ramene wong nangis saya bangêt. Krungu nèk bapakne mati ana ing paprangan, adhine, kakangne lan liya-liyane. Dadi nalika samana rasane atine wong-wong ora karuwan, ana bungahe, jalaran mênang olèhe pêrang, nanging iya ana susah, kelangan sanak-sadulur utawa wong tuwa.

Nanging kabèh mau iya banjur dipupus. Witikna wis mati, arêp dikapakake. Tur nèk dipikir ngono iya wis jênêng bêgja, dene matine mbelani gustine. Mung Si Jayakatong olèhe kêbangêtên !

Wis, wis, dilèrèni samene bae, mundhak mèlu kêmropok atimu mêngko.

BATANGAN NGULIR BUDI T.B. No. 44.

Mênêngên : 1. Bêlo milu sêton. 2. Pista. 3. Kombèrên. 4. Jadah. 5. Lêmud. 6. Bubur. 7. Tênan. 8. Mirasa. 9. Andha. 10. Tumbu olèh tutup.

Mangisor : 11. Lopis. 12. Loma. 13. Lumèbèr. 14. Paedah. 15. Talênan. 16. Jaburan. 17. Têpungan. 18. Radhio. 19. Pitu. 20. Dhadhah.

ANDAK WÊRUH KOWE ?

Jarene sing wis wêruh :

1. bulus iku umure bisa nganti 300 têkan 400 taun, 2. gajah 100 taun, 3. iwak lodan 500 têkan 1000 taun, 4. singa barong, unta 40 taun, 5. baya 300 taun, 6. jaran 27 taun, 7. wêdhus 15 taun, 8. kucing 13 taun, 9. asu 15 taun, 10. babi 25 taun, 11. trêwèlu 5 taun

--- 0 ---

Mangsuli Layang

Biyuh, biyuh, layang pira wae kuwi ? nèk ngene ki Bu Mar dhong bêja. Kêponakan-kêponakan kabèh padha ngaton pating pêncungul (layange), malah sing wis suwe ora glayangi bae, iya kèlingan mbi Bu Mar. Bu Mar nampa layang, kartupos utawa karcis lêbaran saka : S. Maun, Tarakan ; Sutoyo, Madiun ; Suyamini, Suparyani, Bojonêgoro ; P. Artiny, Bojonêgoro ; Lasmi, Nganjuk ; Sri Sasanti, Solo; Purtini - Hèrmien - Herman - Lieliek - Wiewiek, Banjarnêgara ; Sukartiyah, Malang ; Sri Juwariyah, Kêrtosono ; R. Aj. Sunarni, Ponorogo ; Hartiatin, Magêtan ; Wartiyah, Wonosobo : Suyati, Solo; Raoyan, Ponorogo ; S. Kapti, Sukodono ; Supardi, Ponorogo; R.r. Susilastri, Probolinggo ; Piece Bell, Madiun ; S. Warno, Kêrtosono : R. Hadi, Ponorogo ; Any Ngubaèni, Jokya ; Suwiyadi, Bandung ; Piyo Sastrosupadmo, Purwoasri ; Sutikno - Mujono, Jokya ; Gêthuk Lindri, Magêlang ; Sur, Gunungwungkal, Tayu ; Insiyam, Magêtan ; Suharyo, Jokya ; Siti Aloha - S. Har, Solo; Ibnu Sujana - Sri - Marsudi, Pêkalongan.

Bu Mar nyut ilang sayahe, marga bungah kèlingan anggone sugih kêponakan.

Hla kowe, kêpriye cah, apa ya wis padha mari sayah olèhe mêntas mubêng-mubêng plêsir putêr kota Ian olèhe padha nyumêdi mrêcon? Saiki libure (sing padha libur Pasa) wis bar, wis wiwit sêkolah manèh.

Akèh kêponakanku sing padha gêla, dene olèhe tampa rapport lagi bar libur, ora biyèn saarêpe. Iya cah, olèhe digawe kaya ngono mêsthine supaya bocah-bocah sing rapporte ala, sajrone libur aja kêcuwan atine. Upama ditampakake saarêpe libur, kari-kari ala, mêsthine rak njut cilik atine, arêp apa-apa aras-arasên.

Hla saiki wis sênêng-sênêng, wis plêsir-plêsir, barêng mlêbu sêkolah tampa rapport, kari-kari kurang apik, mêsthine njut cancut, saya mêmpêng, rak iya ta cah ?

Nèk Slamêt Purworêjo arêp libur tampa rapport dhisik kabênêran apik. (Wong pancèn bocah tabêri sinau). Njut Bakda kurang sêminggu dijak plêsir nyang Solo karo Bu Lik. Wah, jarene sênêng bangêt, malah dinane Bakda arêp têrus nyang Surabaya. Apa ora têrus nyang Batu, Mêt ? yèn mrana bisa kêtêmu mbi Subyargo. Dhèwèke ethok-ethoke gèk salin hawa sing adhêm Ian kêpènak. Nèng Blora panase ora jamak, langka banyu. Jarene nèng Batu ki dhèwèke nglèncèr mêtu dalan Batu-Kêdiri nunggang montor. Ning njut ngêlu, mêrga dalane menggak-menggok. Têkan ngomah njut lara, olèhe pasa mokah. Wah gêla, jare. Sêdulure padha nglèncèr nyang Singasari têrus Wêndhit, Subyargo ora bisa mèlu. Tujune ana sing kanggo lêlipur, yaiku maca Taman Bocah. Mulane saiki njut kêpengin mlêbu T. B. Iya kêna bangêt. Wiwit dhèk rong taun kêpungkur nglayangi Bu Mar sêpisan iya uwis dak cathêt dadi kêponakane Bu Mar, kok.

O iya, aku ki duwe kêluputan mbi Hartining Rèngêl. Sabên-sabên daktulis Rèngêt utawa Rêngat. Wong tuwa ki apa, Ning, Ning, maca wae ya kliru, l kok daksêngguh t. Ya aja dadi atimu ya Ning. Ning kuwi nyritakake kancane gojèg, yaiku anake bature, lagi umur 7 sasi, lucu bangêt jarene. Nèk digamêli njut njogèt, nèk dikon kêplok, iya kêplok, nèk diparingi dolanan utawa panganan mbi ibune Ning, jarene njut muni "uh, oooh,' jawane kuwi "matur sêmbah nuwun". Bocahe jênênge Suleman, ning parabane "Glingsêng". Êmbuh sêbab apa. Wèh, Ning kuwi rupa-rupa bae, mènèhi paraban iya Glingsêng. Nèk awake dhewe diparabi "Zwartland" kambi kamase, awit untune biyèn gigis. Saiki wis mari Ning ?

Kowe takon apa ing Bêtawi wis udan ? Wis, sêpisan. Wah, bungahe wong-wong, wong wis suwe olèhe nênuwun supaya diparingi udan.

BAKUL PLÊMBUNGAN KARÈT

[Grafik]

Gambar ing dhuwur iku ênggonên ndolani adhi-adhimu, cah. Konên ngêcèt. Ora mung plêmbungane, kabèh, wonge iya, kayune iya. Nanging konên sing bêcik. Ora kêbênêran sêpisan iya pindho ping têlu, nganti bêcik. Rekane, gambar mau blakên dadi loro utawa têlu. Utawa nèk adhimu akêh, kok blak dadi lima apa pira iya kêna, banjur bocah siji wènèhana siji, dumên.

____________________

Mangkono uga Martono Kêbumèn, iya sênêng bangêt, jarene wis diparingi udan bola-bali. Sumure wis isi manèh. Malah wingi iki dhèk malêm Bakda iya udan dêrês, bar Bakda, dinane Minggu iya udan manèh. Sanajan wong-wong desa olèhe padha bakdan ngoyos (kodanan), ning ketok sênêng, mêrga sawahe njut kilènan banyu. Martono dhewe ya njut wis mari pasa "ora adus".

Zandu Solo gèk susah, jarene rong sasi kêpungkur êmbahne kakung-putri padha seda nunggal dina, yuswane kira-kira 90 taun. Wah hla wong kêpatèn loro, pisan, susahmu ya mêsthi tumpuk-tumpuk, Zandu. Nanging ya wis aja tansah kokgêtuni, kabèh wis kêrsane sing gawe urip, manungsa mung sadêrma. Karo manèh êmbahmu kuwi rak wis sêpuh, dadi wis mangsane seda. Upama isih sugênga, iya wis ora sênêng. Kambi sing isih padha sugêng bae, trêsnamu aja kokkurangi, supaya mbesuk ora gêtun.

Ora dadi apa, Bu Mar arêp dikirimi potrèt ora sida, wong padha-padha dikirimi potrèt, nèk potrèt layon utawa kuburan, nèng ati kok kurang sênêng.

Wah, hla kok wis kêbak ya, mangka durung mbagèkake kêponakan-kêponakan anyar jare ! Sugêng Pêkalongan, Kustinah Langênastran, Jokya, Asminah Jokya. Sênêngku tanpa upama, imbuh kêponakan kowe kabèh. Wis saiki kêpenakna anggonmu padha dolanan ana ing Taman Bocah.

BU MAR.

--- 0 ---

[Iklan]

--- 0 ---

[Iklan]

--- 0 ---

Kajawèn

No. 93, 19 November 1940

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm

--- 0 ---

[Iklan]

--- 1307 ---

Ôngka 93, Sla Wa, 19 Sawal Dal 1871, 19 Nopèmbêr 1940, Taun XV.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Slasa lan Jumuwah

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Turki, Kaendahan utawi Rasa Adi, Bôngsa Mêlayu Polinesiah, Kawruh Bathik Warni-warni, Cabe Lêmpuyang, Mawas Kintunanipun S.R.V., Sêsanggêmanipun P.P.R.K, Bêbaya Ngawang-awnag, Babad minggon, Kabar Warni-warni, Waosan, Ekonomi Rayat.

Turki

[Grafik]

Ewah gingsiring kaanan ing donya tansah lumampah. Praja Turki ingkang têlênging kitha karajan wontên ing Stambul (Konstantinopèl) mingsêr wontên ing Ankara, ingkang wujuding gêdhong parlêmèn kados kacêtha ing gambar. Ing sapunika èdi saha santosaning parlêmèn wau ugi dados pasêmon, bilih praja Turki inggih santosa botên kengguh dening dayaning sanès.

--- 1308 ---

KAENDAHAN UTAWI RASA ADI

Andharanipun Ir. R. Poedjono-Hardjoprakoso, wontên ing Pura Mangkunêgaran, kapêndhêt ingkang Prêlu-prêlu.

Wontên ing pundi dunungipun rasa adi.

Rasa adi punika gêgandhengan kalihan indriyanipun manungsa sumimpên wontên 3 golongan.

1. Wontên ing sêsawangan inggih punika wontên ing garis, wêwangunan, warni tuwin tindak (lijn, vorm, kleur en handeling).

2. Wontên ing suwara; gêndhing, gêndhèng (klangk)

3. Wontên ing panggônda (geur)

Salah satunggalipun perangan wau, punika mbotên mêsthi bilih kadunungan rasa adi, amargi kawontênanipun rasa adi utawi kaendahan wau wontên ing karuntutan (harmoni).

Punapa ta ingkang kawastanan rasa adi punika.

Ingkang dipun wastani rasa adi punika kawontênan ingkang sagêd ngebahakên manah raosipun adi, amargi manungsa punika ing salêbêting batosipun saperangan wontên ingkang isi raos adi. Dene raos adi punika lamat-lamat anggèning manungsa nyumêrêpi utawi krasa dhatêng panguwasa ingkang luhur.§ pêrlu kawuningan bilih pathining têgêsipun rasa adi punika taksih wontên malih tunggilipun miturut paham filosofie (aesthetice) red.

Manawi manungsa sadaya punika purun titi, ing pundi panggenan kemawon ing wanci punapa kemawon, sagêd manggih raos kaendahan, raos adi, inggih punika nampèni lamat-lamat anggèning manungsa nyumêrêpi utawi krasa dhatêng panguwasa ingkang luhur.

Inggih punika kalimrahaning Pangeran, sampun dados wataking kodrat, manawi sadaya ingkang gumêlar wontên ing jagad punika ugêr dipun petani kemawon, sagêd damêl trênyuhing manah, sagêd ngebahakên raos adi ingkang sumimpên wontên ing batosipun manungsa.

Raos adi punika dados mbotên pilih sih, nèm, sêpuh, jalêr, èstri, sugih utawi mlarat, sadaya anggènipun pinaringan raos ingkang lajêng sagêd ngicalakên sadaya raos karibêdan utawi kasisahan.

Raos ingkang makatên punika mbotên pilih wanci, wiwit bangun enjing sadèrèngipun padhang raina, kodrat sampun anggêlar kaendahan, kados ta: ungêling pêksi srigunting utawi sikatan: tong ting tong crèt, crèt utawi... cing-cing goling, punika suwara wau ugi anggigah dhatêng raos adi, inggih raos ingkang ngicalakên raos sêdhih, utawi raos sisah.

Lairing rina inggih punika bang-bang wetan ing parêdèn, manawi surya sawêg mlêthèk, hawa ingkang sakeca asrêp, taksih lamuk, lajêng soroting surya ingkang dèrèng bêntèr, amulas mega malang anjlarèh wontên ing langit, bun, bun kêtaman soroting surya pating karêlip wontên ing ron-ronan, gumêbyar ngawontênakên sorot warni-warni, kawêwahan sêgêring hawa enjing, punika sadaya kawontênan ingkang runtut, ingkang sagêd nuwuhakên raos kaendahanipun manungsa, inggih makatên punika ingkang kawastanan raos adi.

Inggih raos adi utawi raos kaendahan punika ingkang tansah dipun pengini sadaya titah, têrkadhang kangge nglipur manahipun manawi sawêg sisah, têrkadhang anyêyêgêr badanipun manawi kataman sakit.

Mila para luhur tuwin para hartawan sami iyasa pasanggrahan wontên ing parêdèn-parêdèn, inggih punika pados papan ingkang inggil, ingkang gadhah sawangan ingkang asri, supados sagêd nyumêrêpi kaendahan warni-warni, kados ta angsluping surya ing wanci sontên, ingkang mangke lajêng sagêd damêl sênênging manah, sagêd angebahakên manah raosipun adi.

Botên namung kodrat (natuur) kemawon ingkang sagêd damêl sawangan utawi suwantên ingkang adi, nanging manungsa ugi sagêd, inggih punika para sarjana (dichter, componist, schilder, beeldhouwer) sagêd migunakakên pakartinipun, damêl wêwangunan suwara utawi rupi ingkang sae sangêt, ingkang sagêd ngebahakên raos adinipun manungsa, inggih punika ingkang dipun wastani kunst. Dados sajatosipun, ingkang dipun wastani kunst punika kawontênan ingkang dumados saking pakartinipun manungsa, ingkang sagêd anggigah raos lamat-lamat anggèning manungsa nyumêrêpi utawi krasa dhatêng panguwasa ingkang luhur.

Têmbung kunst punika kathah kemawon ingkang dipun sambut kangge ukara, ananging sanès maksudipun kalihan ingkang dipun wastani kunst, amargi têmbung kunst punika têmbung ingkang luwês, kados ta: manawi tiyang badhe mastani kunde, dekwaamheid, utawi acrobatiek (kapintêran, kagunan, pangawikan) punika asring ngangge têmbung kunst, kados ta: heelkunst, goochelkunst, kookkunst, rijkunst, sabab kabêkta saking angèl ngupadosipun têmbung-têmbung ingkang cocog kalihan kawontênanipun.

Têmbung kunstvaardigheid, behendigheid, kundigheid, techniek lan kunde, punika manawi dipun santuni têmbung kunst, para ingkang mirêngakên utawi maos lajêng sampun mangrêtos dhatêng maksudipun têmbung wau.

Têmbung kunst ing goochelkunst punika atêgês sanès kunst, ananging kaprigêlan.

Dados ingkang kawastanan kunst punika pancènipun kawontênan dumados saking pakartinipun manungsa, ingkang sagêd ngebahakên raos adi utawi raos kaendahan. Dêdamêlanipun manungsa ingkang kawastanan kunst punika botên sabab saking saenipun utawi mubyaripun warni, ananging jalaran saking dêdamêlan wau ngêmu raos adi. (wontên lajêngipun)

--- 1309 ---

BANGSA MLAYU POLINESIAH

Manawi dipun titipriksa srana kawruh bangsa (Anthropologie) utawi Osteologie (kawruh balung-balunging manungsa) konangan manawi bangsa-bangsa ingkang manggèn ing saindênging tn. Indonesiah punika nunggil wangsa nunggil asal. Dene nama-namaning bangsa ingkang manggèn ing tn. Indonesiah manawi kawijang-wijang saèstu ngêbak-ngêbaki papan tur botên maedahi, cêkap kula tênggêl namaning wangsa wau i.p. klêbêt bangsa : Mlayu Polinesiah. Punika rumiyin-rumiyinipun tunggil asal, saking pundi dèrèng têrang saèstu, nanging wontên ingkang ngintên saking nagari Cêmpa (tn. Indiya ngajêng), ut. Cochin-China, Camboja tuwin tn. pasisir urutipun, lajêng sumêbar dumugi pundi-pundi. Kajawi sagêd katitik srana kawruh bangsa, kawruh basa ugi sagêd nêrangakên panunggiling bangsa. Kathah nama-namaning woh-wohan, wit-witan ut. kewan-kewan ing satanah Mlayu Polinesiah punika ingkang sami, namung ewah sakêdhik-sakêdhik pakêcapanipun, nanging blêgêripun taksih katingal ngalela, punika mratelakakên bilih woh-wohan, wit-witan, kewan-kewan wau ugi anjrah wontên ing tanah asalipun bangsa Mlayu Polinesiah, dumuginipun bangsa wau sami sumêbar, anggènipun mastani dhatêng woh, wit, kewan, ingkang wontên ing tanahipun enggal inggih taksih lêstantun kados rumiyin. Upami aslinipun bangsa wau saèstu saking Cêmpa. Ngrika mastani kewan singa ranu punika : baya, tiyang Mlayu : buwaya, Acèh : buya, Jawi : baya (kasêrat limrah : baya). Bali: Bowaya, Fillippinah (Ibanag, Tagalog ) : buaya, Gorontalo : huayo, Bugis, Makasar : buwaja, Cêram : fufaia, fofea, huwai, Ambon : wae. Dados ing tanahipun lêluhur kita wontên bayanipun. Botên namung punika, malah ugi wontên kewanipun sêgantên, kados ta : pênyu, yu (haai), kêpithing tuwin baitanipun. Yèn makatên lêluhur kita punika manggèn cêlak pêsisir. Dene ngantos sagêd sumêbar mangalèr dumugi Formosa, mangetan dumugi kiwa-têngênipun Hawaii, mangidul kiwa-têngênipun Fiji, mangilèn Madhagaskar, punika pratandha bangsa kita punika têdak-turunipun bangsa ahli lêlayaran, botên ajrih tanah têbih, botên ulap sêgantên lêbêt. Mila nyata, sajagad rat punika duk ing kinanipun namung wontên ahli layar kalih : Indo-Germaan kalihan Mlayu Polinesiah, sanèsipun muluk-mulukipun namung kenging kasêbut ahli layaran pêsisir, têgêsipun botên wani nyabrang samodra ingkang sêmantên wiyaripun kados bangsa kalih wau, nanging namung muthêk cêlak pêsisir kemawon.

Botên namung kawruh bangsa, balung-balung, basa, adat-pangadatan, watak, ingkang sagêd nêdahakên panunggiling bangsa tuwin asli, nanging dongèng ugi kathah.

Para maos sampun priksa dongèng kita : kancil balapan kalihan keyong. Kancil kawon, jalaran kapusan, keyong pintên-pintên sami urut-urutan nyaonjot wontên ing lèpèn. Punika sami plêk kalihan dongèngipun tiyang Bêlu ing pl. Timur. Ing riku wontên dangèng kêthèk kêpêthuk kalihan tripang, lajêng gumagus ngolok-olok satêlasipun, awon sajagad katumplêkakên dhatêng tripang sadaya.

Botên kêsupèn ngungêlakên : mingsêd kemawon botên godag. Tripang botên trimah, ngajak balapan, nanging... , benjing êmbèn. Kêthèk ngècèk-ècèk : "Kuwi padune besuk êmbèn, êmbèn besuk." Tripang kêncêng. Sapêngkêripun, kêthèk ngundangi kancanipun. Dumugining janji kêthèk dhatêng, salajêngipun jiblês kados kancil balapan kalihan keyong, kaotipun kêthèk kami-isinên, plajêngipun dipun porakênpolakên. ngantos pêdhot ambêkanipun, pêjah dhawah njrêbabah. Dongèngipun tiyang Bêlu kemawon ingkang sami kalihan dongèng Jawi sampun sawatawis. Dene ingkang sami kalihan dongèngipun tiyang Mlayu Polinesiah sanèsipun kula ngaturakên conto satunggal kados ingandhap punika :

Wontên kêthèk pados ulam kalihan bango. Bango ingkang mbêkta tompo wadhah ulam. Ugêr angsal dipun têdha. Kêthèk takèn, wangsulanipun : tomponipun botol. Sarêng konangan nakalipun, bango dipun bubuti wulunipun ngantos brondhol. Kêthèk mantuk, dipun takèni bango èstri, mitranipun wontên pundi ? Dipun wangsuli sawêg lêlumban adus wontên ing sêgantên. Bango èstri botên sakeca manahipun lajêng nusul. Bango jalêr pinanggih brondhol lenge-lenge wontên ing pêsisir, nuntên kagendhong kabêkta mantuk. Sarêng wulunipun sampun pulih, bango jalêr-èstri nglêmpakakên kulit sêmangka ngantos satumpuk. Dipun takèni kêthèk, prêlunipun punapa ? Badhe kangge baita. Kêthèk kaajak baitan purun. Dumugi têngahing sêgantên, baita borot, bango kapurih nulungi malah nucuki, baita kados dipun sêngkakakên, kêrêm, kêthèk glagêpan pêjah kêlêm.

Cuthêl.

Perangan I, bango ngapusi kêthèk, nêdha ulam tanpa nêmbung, punika sami kalihan dongèngipun tiyang Parigi (Celebes têngah ) lan Sangir (pulo lèr Celebes).

Bango dipun brondholi, sami kalihan dongèng Sangi, Toraja, Minahasa, Mongondou (ugi cêIak Minahasa) Galela (Halmahera), Nufoor (Nieuw Guinea).

Bango ngapusi baitan, ugi pinanggih wontên ing dongèngipun tiyang Toraja (Bare'e), Parigi, Mongondou, Sangi, Nufoor.

Eman sangêt dene ing Bale Pustaka ngriki dèrèng wontên dongèngipun para bangsa Mlayu Polinesiah wau ingkang basa Jawi. Kados prêlu dipun pêpaki, jalaran lajêng sagêd mêwahi pangrêtos kita dhatêng manunggiling bangsa Indonesiah, lumêbêtipun lajêng nandhêsakên raos asih tuwin trêsna. Nuwun.

Mardiwarsita.

--- 1310 ---

[Grafik]

Saradhadhu nuju nitipriksa kawontênanipun griya ingkang kenging bom Jerman ing kitha Londen.

[Grafik]

Montor mabur Inggris ugi botên wontên kèndêlipun anggèning nêmpuh kitha Berlin. Kados kacêtha gambar inginggil.

[Grafik]

Salah satunggiling griya ing Londen rêmuk dening bom Jerman. Ingriku lare-lare sami dolanan ing sêmu botên gadhah kuwatos bokbilih wontên bêbaya saking ngawang-awang.

[Grafik]

Kados ingkang sampun kalampahan, motor mabur mêngsah asring nêmpuh ing wanci dalu. Ngèngêti ingkang makatên wau têtiyang ing kitha Londen ngulinakakên tilêm wontên ing lêbêt siti panggenan pandhêlikan.

[Grafik]

Oxford Street ing Londen nalika kenging bom mêngsah.

--- 1311 ---

[Grafik]

Kapal-kapal pêrang torpedho nêmbe katampi dening Inggris kintunan saking Amerika.

[Grafik]

Kiwa: Margi agêng ing Londen nuju dipun krutug bom ing tiyang Jerman.

[Grafik]

Ngandhap: Griya ing Berlin nalika kenging bom Inggris.

[Grafik]

Kawontênan salah satunggiling toko ing Oxford Street nalika katêmpuh Jerman.

[Grafik]

Motor mabur Jerman nuju nggêgana inggil wontên ing satunggiling kitha ing Inggris, badhe ndhawahakên bom.

--- 1312 ---

Jagating Wanita

KAWRUH BATHIK WARNI-WARNI

(Sambêtipun K. No. 92).

Manawi sampun waradin lajêng dipun êntas sarta dipun klumbrukakên ing siti utawi ing mêstèr dipun lambari kepang utawi sanès-sanèsipun.

Manawi toya sari wau sakintênipun sampun katingal sami rumêsêp waradin, lajêng dipun sari kuning.

Pandamêlipun sari kuning kados ing ngandhap punika:

Sari kuning 1 1/2 kati, têgêran 1 1/2 kati, tawas 1 1/2 kati, jêram pêcêl 4 glundhung, gêndhis batu 1/4 kati.

Abênan gangsal warni punika kagodhog dipun toyani 1 1/2 blèg (30 l.). Panggodhogipun ingkang ngantos umob sêpuh, kakantunakên 1 blèg (20 l.). Dene anggènipun ngêcakakên, mangêt-mangêt, namung katimbang kabênteran aluwung radi asrêp. Nganggenipun makatên:

Mêndhêt barang ingkang sampun kasari gamping dipun wiru lajêng dipun cêlup dhatêng sari kuning kanthi dipun ênyêt-ênyêt ngantos waradin. Manawi sampun lajêng dipun êntas kasampirakên dhatêng gawangan. Manawi sampun atus lajêng kajèrèng ing papan pamepean supados kanginan, botên pêrlu garing lajêng dipun kum toya limrah kanthi dipun iwir-iwir. Manawi sampun lajêng dipun kêbyok (kagodhog).

9. Mbabar

Sasampunipun kakêbyok lilin rêsik, lajêng kaêntas kacêmplungakên ing toya asrêp, lajêng kagirah. Sasampunipun kagirah rêsik, lajêng kagirah toya ngangge tawas, ukuranipun kintên-kintên raos kêcut sakêdhik (mônda-mônda). Sasampunipun kagirah toya tawas, lajêng kagirah toya limrah, punika sampun dados sinjang babaran.

10. Soga dhagêl

Anggodhog soga kangge soga dhagêl (cêkapan) cara Ngayogya, wragad sakêdhik, warni sae alus:

tingi 70 kati, soga 10 kati, têgêran 5 kati.

Kagodhog dipun toyani 10 blèg (200 l.). Panggodhogipun ingkang umob sêpuh. Kakantunakên 7 blèg (140 l.). Anggènipun nggodhog 3 rambahan, ugi mawi dipun lêrêmakên kados ingkang kasêbut bab 2. Dene caranipun nyêlup (nyoga) sarta pangênyêtipun saugi kados caranipun kasêbut bab 2, nanging bab nyêlupakên wau namung ping 6 utawi 7 rambahan, lajêng kasari gamping. Dene pandamêlipun sari gamping kados ing ngandhap punika:

Gamping 1 kati dipun toyani 8 blèg (160 l.), lajêng kaudhêk, lajêng kacêmplungakên jur-juran gêndhis klapa kathahipun 4 tangkêp, lajêng kaudhêk supados mênêpipun bêning, lajêng barang sogan ingkang sampun kasari gamping wau dipun soga malih 1 rambahan ngangge soga angêt, kajèrèng ngantos garing, lajêng dipun sari kuning kacampur soga.

Pandamêlipun sari kuning kacampur soga kados ing ngandhap punika:

Sari kuning 3/4 kati, têgêran 1/2 kati, tawas 3/4 kati.

Kagodhog dipun toyani 1 1/4 blèg (25 l.). Panggodhogipun ingkang umob sêpuh, kakantunakên 1 blèg (20 l.), lajêng kailing dhatêng papan sanès, sarta lajêng kacampuran soga 2 blèg, kaudhêk ngantos campur lêrês. Yèn sampun mangêt-mangêt barang ingkang mêntas dipun soga wau, lajêng dipun cêlup dhatêng sari kuning campur soga wau, ugi dipun ênyêt-ênyêt kados ingkang sampun, lajêng dipun êntas kasampirakên wontên gawangan. Manawi sampun atus lajêng kajèrèng dhatêng papan pamepean ngantos satêngah garing, lajêng dipun sari gamping.

Pandamêlipun sari gamping kados ing ngandhap punika:

Gamping 1 kati dipun toyani 4 blèg (80 l.) lajêng kaudhêk, sarta dipun cêmplungi jur-juran gêndhis klapa 2 tangkêp supados mênêp, lajêng barang ingkang mêntas dipun cêlup dhatêng soga campuran sari kuning wau kacêlup dhatêng bêninganipun toya sari gamping dipun ênyêt-ênyêt ngantos waradin.

Manawi sampun waradin, lajêng kaêntas sarta kaklumbrukakên. Manawi nglumbrukipun sampun sawatawis, toya sari gamping sampun katingal sami rumêsêp, lajêng dipun girah toya limrah, panggirahipun kajèrèng wontên mêstèr (papan waradin) kanthi kasikat sarta kagirah rêsik lajêng dipun sampirakên supados atus, lajêng dipun sari kuning.

Pandamêlipun sari kuning kados ing ngandhap punika:

Sari kuning 1 kati, têgêran 1/2 kati, tawas 1 kati.

Kagodhog dipun toyani 1 1/4 blèg (25 l.), panggodhogipun umob sêpuh, kakantunakên 1 blèg (20 l.) utawi kailing dhatêng papan sanès. Manawi sampun asrêp (mangêt-mangêt) lajêng barang ingkang mêntas dipun sari gamping wau, lajêng dipun cêlupakan sari kuning punika, ugi dipun ênyêt-ênyêt kados ingkang sampun. Manawi pangênyêtêipun waradin lajêng dipun sampirakên ing gawangan. JAYÈNGWIGNYA , Ngayogya.

(Wontên lajêngipun)

--- 1313 ---

Cabe Lêmpuyang

Wontên jampi Jawi ingkang dipun wastani jabecabe. lêmpuyang. Ing sadèrèngipun mratelakakên dayaning jampi cabe lêmpuyang wau, badhe nyariyosakên rumiyin kanggenipun cabe lêmpuyang wau tumraping prêlu sanès.

Cabe punika bangsaning wit-witan ingkang mrambat kadosdene sêdhah, limrahipun ingkang dipun wastani cabe wau uwohipun, ingkang ugi sairib kados woh utawi sêkar sêdhah, nanging langkung agêng.

Cabe punika anèmipun ijêm, têngahipun sêpuh bawuk sulak abrit, dipun wastani têmlethong, sêpuhipun awarni abrit. Pamêthikipun manawi sampun wiwit têmlethong utawi sampun sêpuh. Raosipun pêdhês sumêlèt, nanging botên nyakiti wêtêng, wontênipun malah namung ngangêtakên badan. Jalaran saking pêdhêsipun wau, wontên ingkang doyan kangge lalab nêdha, dipun anggêp kados lalab lombok. Nanging sajatosipun dayaning bêntèripun (pêdhês) wau dados daya jampi, mila tumrap jampi ingkang mêndhêt daya pêdhês, upaminipun srêbat, wontên ingkang namung ngangge daya pêdhêsing cabe.

Cabe punika dados padagangan ingkang kathah artanipun, caranipun, manawi sampun dipun undhuhi lajêng dipun pe ngantos garing, lajêng dipun sade dhatêng crakèn, mila limrahipun tiyang tumbas cabe punika sampun garing.

Lêmpuyang punika mênggahing bôngsa Jawi dipun wastani bangsaning êmpon-êmpon, tunggilipun têmulawak, jae, kêncur sasaminipun. Mênggahing dayanipun lêmpuyang kangge jampi, kaduk umukipun bôngsa Jawi, ngantos nganggêp wasiyat tanah Jawi, wontên ingkang ngembakakên som tanah Jawi.

Bakunipun jampi lêmpuyang ingkang dipun abêni kalihan cabe, ingkang lajêng nama jampi cabe lêmpuyang, punika kangge ngiyatakên badan, dados akajêng jêjampi kangge nulak sêsakit, awit tiyang jêjampi cabe lêmpuyang punika badan lajêng kraos ènthèng, ngicalakên raos ngantuk, ngêrês linu, kêndêl dhatêng asrêp, tuwin sanès-sanèsipun.

Pandamêlipun, mundhuta lêmpuyang 10 grigèh, miliha ingkang lêmpuyang êmprit, cabe tigang jodho (6). Lêmpuyang wau dipun rêsiki (botên dipun oncèki), cabe dipun kumbah saha dipun kum, murih êmpuk. Sadaya wau dipun pipis, dipun dèkèki toya, ngantos lêmbat, ing ngriku lajêng dipun susuli jêram pêcêl ingkang sêpuh dipun sigar mrapat, tanpa dipun oncèki, kagêcak sarêng cabe lêmpuyang wau, lajêng dipun pêrês kasaring ing kalo pajamon (saringan). Manawi pamêrêsipun sampun apuh, dipun pipis malih kados ingkang sampun ngantos rambah kaping tiga.

Kalêmpakaning toya jampi wau lajêng kaombe, sabên tiyang satunggal satêngah inggil cangkir, sabên sacangkir dipun cêmplungi sarêm rumiyin sakêdhik. Manawi badhe ngombe kêdah [kê...]

--- 1314 ---

[...dah] kaudhêg rumiyin, murih pathining lêmpuyang botên ngalêmpak (mênêp) wontên ngandhap. Pangombenipun wanci sontên, ngangkah sasampunipun ngombe jampi botên kalêbêtan punapa-punapa malih.

Anggènipun jêjampi saminggu kaping kalih, limrahipun ing dintên Rêbo kalihan Sêtu, abaladhêg ngantos sawulan, manawi sampun tigang wulan dipun ambali malih. Ampasing cabe lêmpuyang manawi dipun gosok-gosokakên ing suku, sagêd ngicalakên ngêthok.

Jampi cabe lêmpuyang punika raosipun pait sêdhêp, pêdhês, wontên sêgêripun, dhatêng badan lajêng kraos angêt.

MAWAS KINTUNAN S.R.V.

Wawasan tumrap kintunan kalênengan ingkang dipun siyarakên dening P.P.R.K. saking studion S.R.V. ing Surakarta nalika dintên malêm Sêlasa kaping 11 November 1940.

Wawasan punika anggadhahi têgês andandosi panatanipun. Wondene bab saening kintunan wau botên pêrlu kula têrangakên panjang. Cêkakipun kajawi ingkang badhe kula dumuki cacadipun, sadaya sampun nama sae, tumrap capaciteit Sala dhawah cêkapan. Dene pandumuk kula cacading tatanan wau kados ingandhap punika :

1. Ungêling gêndhing ingkang angka 2 inggih punika gêndhing kocak ingkang lajêng minggah dhatêng ladrang siyêm, punika pancènipun botên lajêng kajujuk minggah ladrang siyêm kemawon, dados kêdah mawi dipun inggahakên inggahipun piyambak rumiyin, awit kajawi botên nama mrothol, inggahipun piyambak wau inggih sae Ian sakeca, tur turut kalihan merongipun. Kajawi punika sarèhning ladrang siyêm punika pamirêng kula iyasanipun panjênêngan dalêm B.K.R.M.T.H. Wiryadiningrat, pancènipun inggih kêdah dipun sorahakên ing sadèrènging mungêl, dados P.P.R.K. lajêng nama purun ngaosi dhatêng bangsanipun piyambak ingkang cêtha kalangkunganipun.

2. Ungêling gêndhing bondhan kinanthi punika manawi kangge kalênengan, pancènipun inggih botên dipun inggahakên gêndhing kinanthi badhayan, Ian botên mawi kêtawang gandamastuti, awit inggih gadhah inggah piyambak ingkang sae sangêt, tur mawi sêsêgan, dipun wastani sêsêgan saratruna. Wah, punika tumrap ingkang ahli karawitan, manawi mirêngakên ungêling gêndhing wau ingkang kalêrêsan panatanipun, lajêng kraos sakeca sangêt, awit pancèn nyata luhur kaendahanipun. Mila sangêt andadosakên pangunguning manah kula, anggèning ngintunakên ungêling gêndhing bondhan kinanthi, têka kados makatên panatanipun.

3. Ungêling gêndhing rondhon komplit ingkang mawi landranganladrangan. gadhungmlathi, punika pancènipun kêdah botên mawi pathêt jêngking, Ian ayak-ayakanipun inggih kêdah gadhungmlathi, Ian panataning tumimbalipun saking ladrangan dhatêng ayak-ayakan, kêdah botên mawi nêsêgakên lampahing wirama ingkang ngantos dados wirama 2, ananging lajêng kajujug saking dhawahing gong wilahan gangsal sêdhêng, makatên ugi tumimbaling ayak-ayakan gadhungmlathi dhatêng ayak-ayakan limrah ingkang badhe dhatêng slêpêgan, inggih kêdah botên saking andhêg-andhêganing sindhenan, ananging saking têlas-têlasaning lagu gadhungmlathi lajêng têrus dados ayak-ayakan limrah, salajêngipun ngantos slêpêgan. Mila ungêling gêndhing rondhon komplit ingkang mawi pathêt jêngking punika, manawi mawi ladrangan, kêdah sanèsipun ladrang gadhungmlathi, inggih punika gonjang-ganjing letho utawi ladrangan sanèsipun ingkang pantês Ian kabrêgasaning gêndhing rondhon. Awit gêndhing rondhon punika sami-sami gêndhing ing golongan pathêt sanga, pancèn moncol sangêt kabrêgasanipun, mila sanadyan kêthuk sakawan awis, ananging manawi sawêg wiwit dumugi badhe dhawahing kênong 1, wiramanipun kêdah kapara kêncêng, botên kok lajêng tamban makatên. Mangke manawi sampun dhumawahing kênong 1 kirang sakêthuk langkung sakêdhik, wiramanipun sawêg mapan. Ingkang makatên punika kajawi mêwahi srigaking wandanipun gêndhing rondhon, badhe dhumawahing kênong wau sajak gadhah wujud tlenok-tlenok, ingkang sakalangkung nêngsêmakên. Makatên ugi manawi badhe minggah, punika dumugi ngajêngakên gong, wiramanipun inggih kêdah taksih kêncêng, mangke manawi sampun kirang 2 kêtêkkêthuk. kalayan dhumawahipun gong, lajêng ngandhêlong lumampah tamban.

Dumugi samantên wawasan kula dhatêng siyaraning P.P.R.K. ingkang kasêbut nginggil, botên langkung namung nyumanggakakên para pangurus sadaya. Wondene sadèrèngipun P.P.R.K. ngadêg, sanajan kathah siyaraning karawitan saking zender pundi kemawon ingkang kirang lêrês tatananipun, botên pêrlu kula wawas, awit ingkang sami nyiarakên wau dèrèng tamtu purun anggatosakên dhatêng wawasan ingkang mawi andumuki cacadipun. Mila sarêng P.P.R.K. ngadêg, kula lajêng botên pakèwêd ngêcakakên wawasan ingkang kasêbut inginggil punika, awit kula gadhah kapitadosan dhatêng P.P.R.K. tamtu purun anggatosakên dhatêng wawasan ingkang wigatos, wasana wawasan kula punika pantês dipun wigatosakên utawi botên, namung nyumanggakakên.

KODRAT, ing Bêtawi - Centrum.

--- 1315 ---

Sêsanggêmanipun P.P.R.K.

I.

Garèng : Syongê, syongê. Ana ming rêpitisi sabrêkan bae, sang boyok uwis hrêmpyêg-hrêmpyêg.

Petruk : Kuwi jênênge uwis - ucêng-ucêng disambung kawat, atine isih mêmpêng, awake uwis ora kuwat. Andèkpuna anjaluk diblajari kawruh mêntaraman, hla wong lagi takajari kiprah badhutan bae uwis kêmpis-kêmpos, jare.

Garèng : Ayake kêgawa saka ngumur, dadi anggêr kêsêngka saimêt bae, boyoke uwis krasa ora gênah bangêt. Nanging, rèhne lagi ungsum nglêluri kabudayan, iya mêksa takkuwat-kuwatake.

Petruk : Bênêr Kang Garèng. Tuwaa kae isih urip, wajib mèlu ombyaking wong akèh. Karomanèh, duwe kabisan anjogèd kuwi, kêpèpète kêna dianggo ngêtoni capgomekan.

Garèng : Wèh, ngisin-isini têmên. Ana kagunan adi luhur jare dianggo jingklak-jingklak nèng Pacinan. Takkandhani, Truk. Olèhku anggênthiyu blajar kiprah kiye ora bakal takanggo sangu nayuban, lan ora takanggo iksamên ludrug, mligi bêtèke arêp angluhurake kabudayane awake dhewe. Sirku, nèk anggonku anjogèd uwis rada - gê-wèl-dhèh, arêp taksumbangake mênyang P.P.R.K, bokmanawa kêna dianggo ngramèkake radhio wetanan.

Petruk : We lha, rada pêrcumah lèhku ngajari. Tiwas taksrêmpêng, jêbul ming arêp dikebarake nyang radhio.

Garèng : Hêm, kêbanjur-banjur lèhmu ora prêdulèn. Prakara radhio kuwi, jamane saiki rak lagi dianggêp gêgaman ampuh, ora kêna diênyèk. Apa kowe durung yakin bangêt, mênyang dayane radhio mênyang kabudayane bangsane dhewe.

Petruk : Nèk yakine mono uwis yakin, nanging ora nganggo panambang bangêt. Têgêse, olèhku ngajèni mênyang bokmas radhio ming apa anane bae, rak takumbul-umbulake ngantèk sondhul ngêmpyak kaya sliramu kuwi. Apa rumangsamu mung radhio thothok sing dadi rabuke kabudayan. Prakara kabudayan, akèh isine, Kang Garèng, ora ming gêndhing-gêndhingan karo nyanyi-nyanyian bae. Karo manèh, sing bisa nganakake kabudayan kuwi kakuwataning [kakuwata...]

--- 1316 ---

[...ning] budi utawa nalar -intêlèk-. Môngka mêkare budi mau, rabuke sing luwih cêsplêng tinimbang radhio isih akèh bangêt tunggale. Puluh sabên uwong bisa ngingu radhio rong losin, ora bakal bisa ngundhakake luhuring kabudayane wong kene, yèn ing kene ora ana buku, ora ana sêkolahan, ora ana layang-layang kabar, ènsopurêt, apa rumangsamu, anggêr wong-wong ing kene uwis padha wasis muni indhung-indhung disayang, bapak-bapakne dhewe, ai lêph yu,... wis jênêng kasinungan kabudayan luhur.

Garèng : Trêmposipun kok rada arêp ngênyèk karo radhio. Ora Truk, ênggonku ngalêm kuwi, apa kok kira ming arêp mèlu mayok-mayokake radhio.

Petruk : Hêlo, aja salah wèsêl, Kang Garèng. Aku ora arêp ngênyèk, lan iya ora arêp ngarani: agèn radhio. Ênggonku munya-munya, sajak kêras bangêt mau, prêlune ênggonmu ngajèni nyang radhio aja nganti kêladukên bangêt. Aja nganti duwe pangira, nèk mung radhio thothok sing dadi kuwat-kuwating kabudayan, aja nganti gandrung bangêt karo bokmase radhio, ngantèk lali sinau, lali maca buku utawa koran, lali marang kakuwatane kanthonge, ènsoprut.

Garèng : Êng, iya, Truk, iya. Aku uwis ngrêti karêpmu. Cêkak cukupe, radhio kuwi mung salah sawijining srana kanggo mêkarane kabudayan, ning isih akèh srana-srana liyane sing luwih prêlu.

Petruk : Hêk - êh.

Garèng : Mu-pha-kat. Mung bae rèhne sajroning sasi iki ing tanah kene lagi umyêk ngrêmbug radhio, mula prakara radhio kuwi iya prêlu padha takrêmbug. Wiwit tanggal siji Nopèmbêr, atiku ambêdhodhog bangêt, dene pangarêp-arêpe P.P.R.K. kang iya dadi pangarêp-arêpe para pênggêmar radhio wetanan, dikabulake. Saking mantêpku, aku banjur tuku tustèl radhio mênyang toko prombèng, tinpop komplit, nicil ping limalas.

Petruk : Wah, wong pamèr, kok mamèrake koprote.

Garèng : Lèhku pamèr mau ana maknane, Truk. Têgêse, sanajana panjênêngan ingsun kêgolong wong koprot, mêksa mèlu P.Ph. mênyang P.P.R.K. sabab, prakara giyaran wetanan dipasrahake mênyang P.P.R.K. kuwi takanggêp prakara sing mahapênting bangêt, pantês cinathêt ana ing layang babad modhèrên.

Petruk : Pancèn, Kang Garèng, aku iya mèlu bukak pècis jare lan muni -hidhup-hidhup- ngantèk mèh ambêdhah kupingku.

Garèng : Hêm, hla kiye wong saking mantêpe, mèmpêr, Truk.

Petruk : Ora, Kang Garèng, nèk kowe, sing marahi ambêdhodhog apane.

--- 1317 ---

BÊBAYA NGAWANG-AWANG.

(Sambêtipun K. No. 92).

VII. ANGGÈNIPUN JAGI-JAGI KÊDAH KADOSPUNDI ?§ Tumrap bangsa Pribumi, ingkang botên griya gêdhong. Wara-wara punika dipun sêbar wontên ing panggenan-panggenan ingkang wontên panjagèn ngawang-awang.

I. Nalika taksih rêja:

A. Sasagêd-sagêd prayogi damêl pandhêlikan wontên ing pakawisan; yèn botên inggih sacêlaking griya, kapilihna papan ingkang prayogi.

B. Prayogi mundhut topèng gas ingkang trêp. Topèng kêdah wongsal-wangsul dipun cobi (dipun priksa) saha lajêng kêdah dipun rimat sae miwah dipun simpên ingkang primpên.

C. Prayogi sadhiya barang-barang ingkang prêlu, dados yèn wontên punapa-punapa :

1. dilah-dilah ing sajawining griya kenging dipun sirêp tumuntên ;

2. dilah ing nglêbêt griya sorotipun botên mêdal ;

3. yèn badhe ndhêlik utawi wontên ing jugangan pandhêlikan supados sampun wontên lampunipun, dilah sèntêr (dilah lisah patra utawi lilin kirang prayogi ).

D. Prayogi sadhiya barang-barang kangge mêjahi latu yèn wontên kabêsmèn. Bom latu BOTÊN KENGING DIPUN PÊJAHI MAWI TOYA, kêdah mawi wêdhi utawi siti, saha prayoginipun mawi sêkop ingkang garanipun panjang.

E. Prayoginipun sinau suka pitulungan sapisanan yèn wontên kacilakan (P.P.P.K. = Pertolongan Pertama Pada Kecalakaan utawi E.H.B.O. = Eerste Hulp Bij Ongelukken) punapadene yèn wontên tiyang kenging gas racun.

Sêdhiya jampi wontên ing griya prayogi ingkang jangkêp, punapadene sêdhiya jampi tiyang kenging latu miwah jampi kangge ngumbah tiyang kenging gas racun (kapur chloor utawi caporiet) dipun wor magnesia kathahipun 1 : 2).

II. Yèn mêngsah dhatêng mêdal gêgana.

A. Prayogi lajêng ndadak damêl jugangan pandhêlikan utawi yèn sawêg damêl, dipun rampungakên.

B. Prayogi sêdhiya jampi ingkang pêpak.

III. Yèn sawêg utawi bibar dipun têmpuh mêngsah mêdal gêgana.

A. Yèn wontên têngara, mêngsah dhatêng (alarm):

1. Yèn wontên ing griya :

a. putêran (kraan) gas sadaya dipun pêjahi ; b. jêndhela-jêndhela dipun inêb (jêndhela kaca miwah jêndhela jawi) ; c. dilah-dilah dipun pêjahi ; d. yèn wontên radhio kajêngipun mungêl ; e. sadèrèngipun kêdah sampun ngangge topèng gas langkung rumiyin.

2. Yèn wontên ing margi :

a. kêdah mlajêng dhatêng pandhêlikan utawi dhatêng griya ingkang cêlak piyambak; pandhêlikan umum wontên têngêripun ; b. sampun pisan-pisan wontên ing margi kemawon ; c. yèn nuju nênumpak, prayogi kèndêl wontên ing sisih kiwaning margi (lampu dipun pêjahi, motor dipun pêjahi, kapal dipun rucat dipun cancang) saha lajêng mlajêng dhatêng pangungsèn.

3. yèn wontên ing bioskupan, mêsjid (greja, toko Isp.) :

a. wontên ing ngriku kemawon.

PRAYOGI DIPUN GATOSAKÊN :

Yèn mirêng têngara, kêdah lajêng cekat-cèkêt, nanging sampun gugup, mindhak lajêng rame, damêl cilakanipun tiyang kathah.

B. Yèn sampun wontên têngara bilih bêbaya saking ngawang-awang botên wontên :

1. Prayogi mêdal saking pandhêlikan. Topèng gas sawêg kenging dipun copot, yèn têrang botên wontên gas.

2. Barang ingkang prêlu-prêlu prayogi dipun sêdhiyakakên mbokbilih mêngsah wangsul malih.

3. Sampun ndêmèk pêcahan bom ; sampun cêlak-cêlak panggenan ingkang kenging gas racun.

4. Yèn tatu utawi kenging gas racun, nêdha tulung dhatêng panggenan njampèni tiyang ingkang cêlak piyambak.

Kêdah tansah dipun èngêt-èngêt.

Pandhêlikan umum ingkang cêlak piyambak. Panggenan njampèni tiyang ingkang cêlak piyambak.

Griya pulisi ingkang cêlak piyambak.

Griya pompa ingkang cêlak piyambak.

Prayogi tumut mbiyantu ingkang saèstu dhatêng panjagèn ngawang-awang.

Bêbadan panjagèn ngawang-awang sagah suka katrangan punapa kemawon ingkang migunani.

--- 1318 ---

BABAD MINGGON

Hitler anggènipun badhe damêl tatanan enggal wontên ing Eropah saya dangu botên saya gampil, nanging malah saya angèl. Pawartos ing salêbêtipun minggu wingi kathah ingkang sukaka ngalamat yèn kakiyatanipun Jerman, langkung-langkung indhustrinipun, pancèn sampun suda saèstu. Anggènipun bathe nggêlak damêl baita-baita pêrang, kandhêg. Palabuhan Hamburg tuwin pabrik-pabrik ing kitha wau morat-marit margi têrus dipun gêjêg wadya R.A.F.

Ing suwau Jerman pancèn kêsangêtan anggènipun ngêndêl-êndêlakên ampuhing "Luftwaffê"-nipun. Namung samangke, sarêng sampun kathah ingkang dipun rontogakên wontên ing laladan Inggris, lajêng kêpêksa purun ngakêni manawi Inggris pancèn botên kenging dipun têlukakên mawi dêdamêl ngawang-awang, jalaran têtiyang Inggris sêmunipun sami asaraf-bayu waja, botên gadhah ajrih dhatêng gumlêgêring bom tuwin gumludhuging montor mabur atusan.

Bab punika kalangan Jerman piyambak sampun ngakêni. Enggal mangke Jendral Kabisch damêl andharan wontên ing s.k. Kulnische Zeitung, wosipun ngèngêtakên dhatêng rakyat Jerman sampun ngantos kêsangêtan anggènipun ngêndêl-êndêlakên dhatêng Luftwaffe. Sampun têrang manawi Jerman botên badhe sagêd ngêndhih Inggris manawi namung sarana dêdamêl ngawang-awang kemawon. Saking pamanggihipun Jendral Kabisch, Inggris sagêdipun nungkul namung manawi Jerman sagêd ngrangsang Inggris mawi wadya daratan.

Hitler sêmunipun inggih sampun kraos, yèn anggènipun badhe mbangun Eropah enggal botên sagêd dipun tandangi piyambak. Saya sarêng Italie katingal radi kêteteran anggènipun bandayuda kalihan Griekenland, Jerman kêpêksa grèsèk-grèsèk pados kakiyatan dhatêng nagari sanèsipun ingkang sakintên purun dipun jak rêncakan.

Ing salêbêtipun minggu wingi ingkang dipun gèndèng-gèndèng Ruslan.

Enggal mangke Kalinin, Timoshenko tuwin s.k. Pravda (slomprètipun kalangan pamarentah Sovyet) mêntas ngambali antêpipun Ruslan inggih punika badhe têtêp netral. Ananging lêt sawatawis dintên, Malotoff mak glênês dhatêng Berlin, rêrêmbagan kalihan Hitler tuwin Von Ribbentrop. Anggènipun dhatêng Berlin punika awit saking panêdhanipun Hitler. Dene ingkang dados wosing rêmbag, - miturut katêrangan opisijil saking kalangan pamarentah Jerman-, inggih punika badhe nyupêkêtakên lampahipun Jerman-Ruslan babagan politiek tuwin ekonomi; tuwin badhe ngrakêtakên pamitranipun Ruslan kalihan nagari Indhên, manawi sagêd inggih kalihan Jêpang.

Nitik ungêling katêrangan wau kados sampun têrang, manawi kajêngipun Hitler pancèn niyat badhe ngrangkul Ruslan kaajak tumut rayahan.

Sanajan antêpipun Ruslan ing salêbêtipun wontên dhahuru agêng punika taksih têtêp "mêngêng", namung sampun têrang yèn Ruslan tansah ngêcakakên politik "botoh njawi", pundi ingkang ngangsalakên kauntungan dipun cakêti.

Manawi miturut korèspondhènipun s.s.k. ing Zwitserland, Hitler kajawi gadhah kajêng badhe ngrangkul RusIan, ngantos purun lumêbêt golongan nagari Indhên (Jerman-Italie-Jêpang), inggih ngajêng-ajêng sangêt supados Ruslan purun mitulungi Jerman anggènipun badhe ngêlar panguwasa wontên ing Ialadan Asia kilèn. Salajêngipun korèspondhèn wau nêdahakên cihna-cihna ingkang kenging kangge nggagapi rêmbagipun Hitler-Molotoff, ingkang ngantos sagêd ngantêpakên pangintênipun, bilih Ruslan badhe tampi pêrsèn Dardanellen tuwin Iran, Irak sarta Turki.

Salêbêtipun Molotoff rêrêmbagan kalihan Hitler, kawartos inggih kagathukakên kalihan Graaf Ciano. Namung bab punika botên patos têrang. Ingkang sampun têrang, sawangsulipun dhatêng Moskou, Molotoff tumunntên rêrêmbagan kalihan wêwakil Jerman, Italie tuwin Jêpang. Bakda punika lajêng rêrêmbagan kalihan wêwakil Turki.

Dumuginipun akiring minggu wingi, rêmbagipun Jerman-Ruslan taksih dumunung ing rêmbag, dèrèng wontên lêlampahan-lêlampahan enggal ingkang tuwuhipun saking anggènipun sami rêrêmbagan wau.

11 - 17 November.

Kawontênan ing Asia.

Miturut wartos ing sêrat-sêrat kabar, sabab-sababipun Jêpan angunduri pêpêranganipun ing Tiongkok, jalaran saking nyumêrêpi galibêtipun Amerika anggèning saya rakêt pambiyantunipun dhatêng Maarschalk Cing Kai Sek. Ing sapunika Amerika tuwin Inggris saya mêmpêng pambiyantunipun damêl wontên ing lautan Jinêm, kajawi punika ugi njêmbarakên awisan lêbêting barang-barang dhatêng Jêpan. Tuwin ingriku wontên wiraosan, bilih têtêpipun malih President Roosevelt tamtu botên badhe ngewahakên pulitikipun Amerika-Sarekat. Malah wontên pangudaraosipun sêrat kabar Jêpan, bilih trajangipun bangsa Walandi ing sapunika punika jalaran saking dayanipun Inggris tuwin Amerika. Nanging wêdaling wartos ingkang kados makatên wau sarêng sampun sumêbar wartos têtêpipun malih president Amerika ing sapunika.

[Grafik]

Laladan Nanning, cakêt pulo Hainan. Papan paprangan ingkang dipun unduri ing wadya Jêpan.

Ing bab pamilih president Amerika wau ugi lajêng kagayutakên kalihan paprangan ing Tiongkok-kidul. Unduripun barisan Jêpan saking ngriku botên jalaran saking pandhêsêkipun bangsa Tionghoa, punika ugi wontên èmpêripun, awit miturut ingkang sampun, tumrap golongan Tionghoa manawi nyumêrêpi kèngsêring mêngsah, katingal anggèning gambira, nyatanipun sagêdhagan punika botên. Mangka unduripun wadya Jêpan ing wêkdal punika botên namung sapanggenan kemawon.

[Grafik]

Wontên wartos malih, bilih anggèning Jêpan mindhahakên laladan Tiongkok kidul-wetan ugi papan paprangan ingkang dipun unduri ing wadya Jêpan.Dilanjutkan pada hlm. 1319 setelah tanda garis.

--- 1319 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

TANAH NGRIKl.

Hoofdredacteur Keng Po kaprakawis. Hoofdredacteur Keng Po sampun kêrêp dipun prakawisakên, ing tanggal 19 November kasêrêg ing pradata malih, jalaran karanganipun "sambêl gorèng" adamêl botên tarimahipun pangarsaning pakêmpalan Hoo Hap dening rumaos dipun rèmèhakên.

Dêrma 300.000 dolar. Nalika Jendral Wu Ten Chen dhatêng ing Sêmarang, têtiyang Tionghwa ing Sêmarang ngaturakên arta 300.000 dolar tumanja kangge mitulungi tiyang-tiyang ing Tiongkok ingkang sami nandhang sangsara. Nalika dhatêng Têgal, Jendral Wu Ten Chen nampèni darmanipun têtiyang Tionghwa ing Têgal, kathahipun 30.000 dolar, inggih tumanja kangge mitulungi tiyang kasangsaran ing Tiongkok.

Papriksan beca ing Bêtawi. Ing sapunika têtumpakan beca ing Bêtawi, dipun titi sangêt ing pulisi. Ingkang nglampahakên kêdah nggadhahi sêrat palilah. Dumugi sapunika cacahing tumpakan kados makatên wau wontên 1500.

Pangiridan tumrap tiyang sakit lepra. Jalaran saking kawontênan, minangka rêrigên pangiridan, ing sapunika têtiyang ingkang sami sakit lepra ing Palantungan tuwin Sêmarung, badhe dipun pindhah dhatêng griya sakit ing Sukalila, Madura, katunggilakên kalihan têtiyang sakit ewah. Dene tumrap têtiyang sakit bangsa Eropa badhe dipun pindhah wontên irig rgiyagriya. sakit tiyang ewah ing Alkmaar, sacêlakipun Lawang.

Mangsa katiga ing wêkdal punika. Mangsa katiga ing wêkdal punika tumrap tanah Jawi, Sèlèbês kidul tuwin Borneo kidul tuwin wetan sami kêkirangan toya anjalari sudaning pamêdal. Nanging kakintên botên anjalari pacêklik, amargi taksih kathah tandon têda.

Bêbayanipun tiyang nguwot ing krêtêg sêpur. Sampun sawatawis dintên, sêpur sênèl saking Surabaya dhatêng Ngayogya, nalika lampahipun nglangkungi krêtêg ing Jurug mlindhês tiyang, badanipun ajur saha lajêng kêcêmplung ing lèpèn. Nalika dipun lari kalihan baita namung sagêd manggihakên sêmpalaning badan sawatawis. Nitik kawontênan, ingkang kêplindhês wau tiyang jalêr sampun sêpuh.

Kadhêndha jalaran ngungêlakên mrêcon ingkang sanès lêrêsipun. Lêrêsipun, ing sabibaring Lêbaran tiyang sampun botên kenging ngungêlakên mêrcon malih, nanging ing Sêmarang, dumugi bakda Sawal taksih wontên tiyang ngungêlakên mêrcon. Sarêng tiyang ingkang ngungêlakên mêrcon wau kasêrêg ing prakawis, kadhêndha f 0.25. Punika wajib dados pêpèngêt.

Kasangsaran motor-mabur. Kala malêm Kêmis kêpêngkêr, motor-mabur Dienst Gêgana Marine wontên sacêlak Surabaya manggih kasangsaran, adamêl tiwasing tiyang gangsal tuwin nandhang tatu rêkaos satunggal. Ingkang tiwas wau : officier-vlieger klas 1 W. C. den Owden, officier-vlieger klas 2 J. F. Vonk, mayoor-telegrafist G. van der Es, sergeant-vlieger S. Dobius tuwin vliegtuigmakermaat E. C. van Slee. Ingkang nandhang tatu militie-korporaal-vliegmaker P. Smit. Miturut pangintên kasangsaran wau sagêd ugi jalaran : toyaning sêgantên ing kala punika katingal waradin nuju padhang rêmbulan. Ingriku anjalari klintuning pangintênipun juru nggêgana nalika badhe mandhap, wusana anjalari motor-mabur wau mabur amblês ing toya. Nalika wartos punika dumugi Departement Marine tiyang ingkang nandhang tatu rêkaos tuwin salah satunggalipun ingkang tiwas sampun kêpanggih, sanès-sanèsipun taksih dipun padosi. Motor-mabur wau amblês ing toya babar-pisan.

Guru dhugdhèng kêcêpêng. Ing Pêtojo, Bêtawi, wontên guru dhugdhèng nama Usman dipun cêpêng ing pulisi. Nalika griyanipun tiyang wau dipun gledhah, pinanggih wontên buku-buku ngèlmu gaib warni-warni tuwin lantingan isi toya sêkar dipun bungkus ing montên. Guru wau ngakên têdhakipun Prabu Siliwangi ing Pajajaran. Kathah tiyang ingkang ugi dipun cêpêngi gêgayutan kalihan bab punika.

Gênging Pitulunganipun motor-mabur. Ing satunggiling dintên ing Manokwari (Nieuw Guinea) wontên amtênar sakit ambêbayani, ingkang kêdah kapitulungan ing dhoktêr tumuntên. Ing kala punika nuju wontên motor-mabur ingkang dumugi ing Babo, ingkang têbihipun saking Manokwari kirang langkung 250 km, dene dhatêngipun motor-mabur wau wontên ing Manokwari taksih kirang sadintên saha dalunipun malih sawêg wangsul dumugi ing Banda, mangka tiyang ingkang sakit wau pêrlu kêdah kabêkta dhatêng Ambon. Awit saking rêrigênipun ingkang wajib kanthi lampah telgram tuwin radhio, kêlampahan ing dintên punika ugi tiyang ingkang sakit wau sagêd kabêkta motor-mabur dhatêng Ambon. Lampah wau mawi ngewahi tumindaking lampah pos sawatawis.

Pajagèn kitha Surakarta. Kawartosakên, botên dangu ing Surakarta inggih badhe dipun dêgi Stadswacht kados ing kitha sanès-sanèsipun. Ing bab punika kawartosakên, Parentah Kasunanan nyadhiyani arta f 50.000.-, Parentah Mangkunêgaran f 25.000.-

Panêrak tatanan L.B.D. Ing nalika ing Surabaya ngawontênakên pasinaon L.B.D. wontên bangsa Walandi 6 sami botên nutupi dilah, tuwin kalih ingkang botên nutupi dilah auto wontên ing margi. Dumugi pangadilan sadaya sami kadhêndha, ingkang kathah piyambak f 25.-, ingkang sakêdhik f 15.-. Ugi wontên ingkang taksih dados papriksan.

Het legiun van den Geest. Dununging Secretariaat Staf "Legiun van den Geest" punika wontên ing provinciale secretarie ing Surabaya saha dipun pasrahakên dhatêng Mr. Gumulyo Wrêksoatmojo, dipun biyantu Mr. P.V. Niermans. Dados sawarnining sêrat ingkang gêgayutan bab punika kadhawahna dhatêng ngriku.

Tarima kasih saking Jendral Wu Te Chen. Nalika Jendral Wu Te Chen bidhal saking Indonesia kintun telegram dhumatêng K.T. Ingkang Wicaksana, ingkang suraosipun ngaturakên tarima kasih anggènipun tinampi prayogi nalika wontên ing Indonesia.

Kêpyakan Stadswacht ing Surabaya. Kala tanggal 11 wuIan punika wanci sontên Stadswacht ing Surabaya sampun kakêpyakakên manggèn ing ara-ara Karangmênjangan, dipun jênêngi ing golongan warni-warni Overste Boreel ingkang mêdhar sabda pambikaking Stadswacht, lajêng tinampi surak tigang rambahan saha binarung ing musik lagu Wilhelmus.

Pakêmpalan restaurant ing Surakarta tumandang ing damêl. Sampun dangu ing Surakarta wontên pakêmpalaning para ingkang nggadhahi restaurant, dipun namakakên PRIS. Pakêmpalan wau mêntas ngawontênakên parêpatan saha ngawontênakên rêmbag badhe ngêdêgakên Centrale Inkoop Bureau. Ancasipun sawarnining kabêtahan restaurant badhe tumbas sêsarêngan, supados angsal rêrêgèn mirah.

Jawah adamêl risaking margi. Jalaran saking dhawahing jawah ngêgèt, saha dêrês sangêt, adamêl risaking margi tlatah-tlatah Jawi wetan saking Babat dhatêng Bojonêgoro, Kêrtosono dhatêng Nganjuk tuwin saking Ngawi dhatêng Madiun.Dilanjutkan pada hlm. 1320.

____________________

[Lanjutan dari halaman 1318]

motor-mabur 200 saking Tiongkok dhatêng Jêpan, punika pêrlu kangge anjagi manawi Amerika nêmpuh saking Alaska. Dados unduripun wadya Jêpan wau mawa kawigatosan.

Kajawi punika wontên wartos malih, ing sapunika Ciang Kai Sek aprajanjian kalihan Jêpan. Wigatosing prajanjian, Jêpan badhe mundur saking Tiongkok-kidul, dene tuwuhing prajanjian wau saking pangajakipun Jerman. Nanging tumrap parentah ing Cungking, andorakakên wartos ingkang kados makatên punika.

Ingkang makatên wau, tumraping wartos paprangan punika tiyang dèrèng sagêd nêtêpakên pundi ingkang lêrês, awit sawarnining tindak ingkang pinanggih ing paprangan, tamtu mawa kajêng.

--- 1320 ---

[Lanjutan dari halaman 1319]

Bikakan polikliniek Jatingalèh. Kala dintên Jumuwah tanggal 8 wulan punika, polikliniek ing Jatingalèh, Sêrnarang, kêlampahan sampun kabikak, dipun jênêngi ing para agêng Walandi, Jawi tuwin para dhoktêr. Adêging polikliniek punika badhe migunani rayat ing sakiwa têngênipun ngriku kirang langkung 12.000.

Ndêrmakakên sarêman Postspaarbank. Directeur Postspaarbank ngusulakên pamrayogi dhatêng para ingkang sami simpên arta wontên ing Postspaarbank; supados nglilakakên sarêmanipun arta ingkang dipun titipakên tumrap ing taun 1940 punika, pêrlu kangge dêrma dhatêng Indische Weerbaarheidsfonds. Ing sabên taun, wontêning arta sarêman wau kirang langkung sayuta rupiyah, saèstunipun agêng sangêt pigunanipun tumrap nguruni waragad pajagèn praja. Tur tindak punika salugunipun botên adamêl kêraosipun têtiyang ingkang nêdya nguruni. Ing bab punika ing sabên kantor pos, kantor pos pitulungan, punapadene agèn Postspaarbank (Bêtawi-Centrum, Surabaya, Medhan tuwin Makasar) sami nyadhiyani formulier dhatêng para ingkang sami badhe nglilakakên sarêman wau, pangintunipun dhatêng ingkang wajib lêlahanan. Tindak punika wajib dipun sayogyani.

Bab arta nagari. Wontên wartos, bilih bab badhe pandamêlipun arta kêrtas wontên ing Indonesia, kintên-kintên kathah kalampahanipun, namung bab pandamêling arta salaka, dèrèng sagêd katamtokakên.

Damêl cèt bathik piyambak. Awit saking rêrigên pitulunganipun Dep. E.Z. tuwin sanèsipun, ing sapunika pakaryan bathik ing Ngayogyakarta sampun kathah ingkang ngangge cèt bathik damêlan piyambak, badhenipun kajêng soga tuwin kajêng sanès-sanèsipun sami wêdalan Indonesia. Ingajêng cèt ingkang kados makatên punika sami ndhatêngakên saking Jerman.

Pamulangan luhur kadhoktêran kewan tuwin pamulangan luhur dagang. Ing wêkdal punika parentah sawêg manggalih pêrlu punapa botênipun ing Indonesia dipun wontêni pamulangan luhur kadhoktêran kewan. Dene tumrap pamulangan luhur dagang, parentah anggalih bilih ing wêkdal punika dèrèng pêrlu kawontênakên.

Literaire Faculteit. Adêging pamulangan luhur babagan kasusastran ing Bêtawi ingkang sampun ngadêg, mahasiswanipun wontên 37. Cacah samantên wau kaperang, ingkang 13 sinau babagan sosial economic, 12 sinau filologie, 7 sinau historic tuwin 5 sinau etnologie. Tumrap mahasiswa ingkang lulus saking Sociale Wetenschap badhe botên sagêd tumanja dhatêng dhinês nagari, awit padamêlan punika dados bageanipun mahasiswa Indologie.

RINGKÊSAN PAWARTOS SAJAWINING PRAJA.

Jêmuwah 15 November.

Primier Mêsir tilar danya (Reuter, London). Kawartosakên, premier Mêsir Hasan Sabry Pasya, tilar donya dadakan nalika nuju maosakên sabda nata pambikaking parlement. Ing sanalika dipun bêkta mêdal saking papan pasamuwan, salajêngipun pamaosing sêrat dipun lajêngakên ing president senaat.

Spanyol badhe nyambut arta (Reuter, Washington). Miturut katrangan saking diplomatiek ingkang gêgayutan, tampi wartos bilih parentah Spanyol gadhah panêmbung badhe nyambut arta dhatêng Amerika Sarekat 100 yuta dollar.

Karisakan ing Rumenie (Istambul, Reuter). Miturut katrangan saking tiyang ingkang nêmbe dhatêng saking Rumenie, mratelakakên jalaran saking lindhu agêng kados ingkang sampun kapratelakakên ingajêng. Ing pabrik lisah Campina botên sagêd nyambutdamêl babarpisan, dene tank-tank wadhah lisah ing Baicoi tuwin Bustenari sami rêmuk. Pipa lisah ing antawisipun Giurgiu tuwin Constanza sami tugêl. Commissie techniek Jerman sampun dhatêng ing papan ngriku, ambudidaya murih pabrik-pabrik lajêng sagêd tumindak ing damêl tuwin andandosi pipa-pipa ingkang risak.

Specialist sêsakit jantung tilar donya (London, A.N.P.). Kawartosakên, specialist sesakit jantung, Dr. K. F. Wenckebach tilar donya ngumur 75 taun, wontên ing Weenen.

Pêrang ing Balkan (London, Reuter). Miturut wartos ingkang dipun tampi saking Asia kilèn, kala malêm Kêmis kêpêngkêr, RAF nêmpuh palabuhan Taranto adamêl karisakan agêng. Salajêngipun motor-mabur Inggris sagêd wangsul kanthi wilujêng. Miturut wartos saking Rome, Italic ngakêni katêmpuh ing mêngsah wau.

Argyokatron risak (Athene, Reuter). Miturut wartos opisil, papan anggêgana Italie ing Argyokatron nêmahi karisakan jalaran dipun bom ing mêngsah, wontên motor mabur 15 rêmuk.

Watês panjagèn wadya Italie karisak (Sofia, Reuter). Miturut radio Athene, wadya Griek sagêd nrajang barisanipun wadya Italie ingkang pacak baris wontên ing saurutipun pasisir. salajêngipun wadya Griek wau têrus ngangsêg. Ngangsêgipun wadya wau katindakakên ing salêbêtipun 48 jam.

Barisan kapal Italie dipun têmpuh marine Inggris (London, Reuter). Kala malêm Slasa kêpêngkêr kapal marine Inggris alit-alit pintên-pintên sagêd nêmpuh saha damêl karisakaning kapal pangayoman kapal dagang Italie, wontên kapal momotan Italie agêng kêrêrn ing sanalika wau, sanès-sanèsipun sami kêbêsmi ingkang kakintên ugi badhe kêrêm. Wontên kapal Italie satunggal karisakan nanging lajêng sagêd sumingkir sarana ngêdalakên kêluk.

Inggris nêmpuh Jerman (London, Reuter). Ing dintên malêm Rêbo kêpêngkêr motor-mabur pambucal bom Inggris nêmpuh dhatêng Jerman, kathah ingkang nêmpuh dhatêng Berlin. Malêmipun Kêmis kapal pambucal bom RAF nêmpuh malih wontên sanginggilipun Jerman, ingkang dipun tênggêl ing Berlin. Miturut katrangan saking ministêr nggêgana Inggris, nalika nêmpuh ing station Schelesie ing Berlin, tuwin papan parimatan barang ing Grunewald punapadene panêmpuhipun têlênging kitha dhawahing bom anggêgirisi. Kathah griya-griya ingkang kêbêsmi. Salajêngipun station lestrik ing Keulen, palabuhan-palabuhan tuwin palabuhan lèpèn ing Duisburgruhror saha pabrik arêng sela pintên-pintên ing Lintfort ugi sami dipun têmpuh. Kajawi punika taksih kathah pabrik sanès-sanèsipun saha griya-griya ingkang kêbêsmèn.

Sabtu 16 November.

Amerika ambiyantu Tiongkok (Boston, United Press). Minister marine Amerika Sarekat, Kolonel Knox; mêntas mêdharsabda wontên ing New Egland Conference, ing bab dhêdhasar rancanganipun Amerika 6 bab. Inggih punika : 1 Amerika badhe ambiyantu Inggris ing bab punapa kemawon ingkang Amerika sagêd, nanging botên badhe ngweyakakên panjagining nagarinipun piyambak. 2. Amerika badhe migatosakên kawontênanipun bangsa Tionghoa saha badhe ambiyantu Tiongkok kados pambiyantunipun dhatêng Inggris 3. Amerika badhe nglêmpakakên dêdamêl kathah, botên ngetang awis tuwin pintên pambayaripun. Awit bab punika langkung prayogi sadhiya ngantos Iangkung-langkung, tinimbang kasèp tuwin kêkirangan. 4. Amerika botên nêdya nyirêp dhatêng sintêna kemawon. 5. Amerika botên purun rêrêmbagan ing bab punapa ingkang badhe dipun tindakakên, wosipun tumandang. 6. Amerika badhe ngiyatakèn kakiyatan tuwin ngêncêngakên sêdya, amargi Amerika botên sagêd têtêp manawi tansah ngeman dhatêng jiwa tuwin badanipun piyambak. Mênggah wos-wosipun. Amerika sampun botên sagêd badhe ngrukunakên, têtuladanipun sampun wontên.

Kapal Amerika dipun tahan Jêpan (Shanghai, Reuter). Konsul jendral Amerika, Lockhart sampun nyêrêg wongsal-wangsul, ewadene wontên kapal motor Amerika Estele I dipun tahan ing pangagêng Marine Jêpan, jalaran anggènipun dipun tahan wau adamêl kandhêging pangintunipun radhio ing kapal. Kajawi punika wontên kapal Jerman ingkang ugi dipun tahan wontên ing sungapanipun lèpèn Yangtze.

Motor-mabur Jerman dipun cêgat wontên ing margi. Wontên motor-mabur Jerman 150 badhe nêmpuh London, dipun cêgad dening golongan motor-mabur pambujêng RAF. Ingriku anjalari namung wontên motor-mabur Jerman sawatawis ingkang sagêd nglajêngakên malêbêt sanginggilipun London, sanès-sanèsipun kenging dipun undurakên ngalangkungi pasisir. Wontên malih golongan agêng motor-mabur Jerman ingkang sampun mèh dumugi London ingkang lajêng dipun wangsulakên ing golongan RAF. Panêmpuhipun motor-mabur Jerman wontên ing London, botên sapintêna dayanipun.

--- 1321 ---

WAOSAN

SINBAD

4)

Kala rumiyin kula sampun asring mirêng cariyosipun tiyang baita utawi tiyang sanès, bab jurang panggenan intên, sarta rekanipun para juragan nggènipun mêndhêt intên wusana wontên kayêktosanipun. Wondening para juragan wau manawi badhe mêndhêt intên ing jurang, ing mangsanipun pêksi garudha sami nêtês, ambêkta daging dipun iris-iris, kauncalakên dhatêng ing jurang, wondening cringihing intên ingkang kadhawahan, sami nancêb ing daging.

Wondening garudhanipun tanah ingriku rosanipun angungkuli ingkang sanès panggenan, samangsanipun aningali daging, lajêng dipun cucuk kabêkta dhatêng parang panggenaning sêsah, minangka têdaning anakipun. Anuntên para juragan sami surak-surak, amurugi panggenaning sêsah, garudha lajêng sami mabur kesah, anuntên intên ingkang nancêb wontên ing daging sami dipun pêndhêti. Mila para juragan angêtrapakên akal makatên, sabab botên sagêd amêndhêt intên saking jurang kalayan reka sanèsipun, amargi saking njulêg botên kenging dipun udhuni. Ciptaning manah kula kala samantên, botên sagêd-sagêd mêdal saking jurang, ngantos dumugi ing pêjah, sarêng kula aningali rekanipun tiyang mêndhêt intên wau, kula lajêng lintu cipta, angupados ing saratipun sagêd mêdal saking jurang.

Kula lajêng mêndhêti intên ingkang agêng-agêng, kula lêbêtakèn ing kandhi wacucal, ingkang prantos wadhah sangu. Sarêng kandhi sampun kêbak, kula lajêng angupados daging, ingkang kula dugi panjang piyambak irisanipun. Kula ubêdakên ing awak, sarta kula êrut kalih ubêding sêrban, kula angsalakên sabuk, akêkah kados botên sagêd rêntah, kula lajêng mêngkurêb. Botên antawis dangu nuntên kathah garudha dhatêng, sami anucuk ulam anyatunggil, kabêkta mabur. Wontên garudha ingkang kalêbêt rosa piyambak, anucuk ulam ingkang kula ubêdakên ing awak, kabêkta mabur dhatêng sêsahipun wontên ing rêdi, anuntên para juragan sami surak, amurih ajrihing garudha wau. Sarêng bêbêktanipun daging sampun sami katilar, anuntên wontên sudagar satunggil, amurugi panggenan kula, sangêt kagèd ajrihipun, aningali kula. Dangu-dangu sarêng sampun ical ajrihing, lêrêsipun apitakèn nalaripun nggèn kula wontên ingriku, nanging botên, malah kula dipun pisuhi, sarta katêrka nyolong gadhahanipun. Wangsulan kula : "Yèn sampeyan sami sumêrêpa dhatêng kula, amêsthi botên makatên panganggêp sampeyan, badhe kula aturi bingah-bingah, sabab kula ambêkta intên kathah, angungkuli angsal-angsalan sampeyan sadaya, sampeyan inggih badhe tumut nggadhahi. Wondening anggèn sampeyan angsal intên punika, asawêg panuju kemawon, kula punika milihi piyambak sarta kula ambêkta siti saking ing jurang wontên ing kandhi kados ingkang sampeyan tingali punika." Sarêng kula sampun wicantên makatên, kandhi lajêng kula têdahakên. Malah dèrèng kèndêl anggèn kula wicantên, para juragan sami ngrubung dhatêng kula, eram aningali kula, wondening eramipun sangsaya mindhak, sarêng kula cariyosi lêlampahan. Sadaya sami botên patos eram, kula wartosi mênggah akal kula, ngantos sagêd mêdal saking jurang, nanging ingkang dipun gumuni, namung purun kula gadhah tekad makatên.

[Iklan]

Kula lajêng sami kabêkta dhatêng pondhokanipun. Wontên ingriku intên bêbêktan kula sami kula wêdalakên saking kandhi, panuju wontên para juragan wau, sangêt sami eram, ningali

--- 1322 ---

[Iklan]

agêng-agêngipun intên kula. Wicantênipun: Ing sakathahing nagari ingkang sampun sami dipun ambah, dèrèng nate aningali intên agêngipun kados gadhahan kula, mênggah para juragan wau, sami gadhah padikan sêsah garudha piyambak-piyambak, anuntên juragan ingkang kalêrês gadhah sêsah, kang kula ênggèni wau, kula kèn milih gadhahan kula intên ing sakajêngipun. Piyambakipun namung mêndhêt ing sawatawis, ingkang botên kawical agêng piyambak, angudi pangatag kula supados mêndhêta malih, sampun mawi sumêlang manawi adamêl pitunan kula, nanging botên purun, wicantênipun : "Kula sampun narimah samantên kemawon, sampun kalêbêt kathah, anyêkapi kula damêl pawitan agêgramèn, botên susah kangelan wangsul dhatêng mriki malih.

Ing sadalu punika kula nyipêng nunggil juragan kathah-kathah wau, sarta kula angambali cariyos, andadosakên bingah ingkang sami dèrèng mirêng punapa malih kula inggih sakalangkung ing suka pirêna, botên mawi ing sawatawis, awit sampun luwar saking bilai, kang sampun kacariyosakên wau ciptaning galih kala taksih wontên salêbêting bilai, kados nyupêna kemawon, ing batos maibên sampuning ical kuwatos kula.

Antawis pintên-pintên dintên, para juragan wau anggènipun mêndhêt intên saking jurang, asarat dipun uncali daging. Sarèhning sampun sami marêm sapikantukipun piyambak-piyambak, anuntên enjingipun sami mangkat, kula inggih tumut, sami angambah rêdi inggil-inggil, akathah sawêripun agêng-agêng, ananging kula sakanca sadaya sami rahayu botên amrangguli satunggil-tunggila. Lampah kula anuntên dumugi ing palabuhan, lajêng pulo Rohah, ingriku wontên uwit agêng satunggil, talutuhipun dados kapur barus. Gadhongipun uwit punika sakalangkung ngrêmbyang sarta sangêt aubipun, kados kenging dipun aubi tiyang satus. Wondening pamêndhêtipun kapur barus wau mawi nècèk uwit, talutuhipun katadhahan anuntên kênthêl piyambak wontên ing wadhah. Bilih sampun kapêndhêt talutuhipun, uwit lajêng pêjah.

Ing pulo Rohah punika kathah warakipun, agêngipun botên kados gajah, amung ngungkuli maesa kemawon, mawi cula cakêt congoripun, atos sarta mawi garit dhêkok ingandap dumugi ing pucuk, wontên dhorèngipun pêthak adhapur tiyang. Kula sami aningali, wontên warak tanglêt kalih gajah, gajah dipun srudug ing culanipun, kenging wêtêngipun, lajêng dipun junjung, nanging sarêng rah kalih gajihing gajah andèlèwèri mripatipun, lajêng picak, warak anuntên ambruk. Wondene ingkang andadosakên eram kula aningali, wontên pêksi rok dhatêng, anyangkêrêm gajah kalih warak wau, kabêkta mumbul, kadamêl pakan anakipun.

Mênggah sanèse ingkang sampun kula tingali wontên ing pulo wau, botên kula cariyosakên, awit manawi kapanjangên, punapadene bilih botên andadosakên parêng sampeyan. Ing sawontên kula pulo wau, intên satunggal kula urupakên barang dagangan ingkang prayogi. Saking pulo punika lampah kula anjajah ing pulo sanèsipun, sarta kampir ing nagari-nagari panggenaning tiyang gêgramèn. Ing wusananipun kula anjog ing nagari Balsorah, saking ngriku lajêng dhatêng nagari Bagdad. Kula nuntên jakat akathah, sarta ambêbingah manah akalihan bêbêktan kula kasugihan, nggèn kula angsal kanthi kangelan sarta prihatos.

Sampun cuthêl lêlampahanipun Sinbad, ingkang kaping kalih, lajêng aparentah maringi uwang mas satus malih dhatêng bêrah, akalihan kapurih wangsul, amirêngakên lêlampahanipun ingkang kaping tiga.

Sakathahing tamu sami mantuk sowang-sowangan. Enjingipun sami wangsul malih dhatêng griyanipun Sinbad, anglêrêsi mangsa kados ingkang sampun kalampahan. Bêrah inggih tumut wangsul, angantos botên kaèngêtan dhatêng kamlaratanipun. Anuntên sami majêng lênggah ing kursi angajêngakên mêja, sabibaring nêdha, Sinbad agadhah panêdha dhatêng tamu, amirêngakên cariyosipun, anuntên Sinbad nyariyosakên lêlampahanipun ingkang kaping tiga, kados ingandap punika.

--- 0 ---

[Iklan]

--- 0 ---

[Iklan]

--- 0 ---

Kajawèn

No. 95, 26 November 1940

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm

--- 0 ---

[Iklan]

--- 1335 ---

Ôngka 95, Sla Lê, 26 Sawal Dal 1871, 26 Nopèmbêr 1940, Taun XV.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Slasa lan Jumuwah

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 Bêtawi Sèntrêm.

ISINIPUN: Paargyan 31 Augustus ing Londhon, Bab Kabudayan, Kaendahan utawi Rasa Adi, Barkahan - Jagading Wanita - Caritaning Dhalang pambêkanipun Prabu Salya - Ambarang Kojah Urut Pasisir Lèr - Gladhèn L.B.D. - Babad Minggon - Kabar Warni-warni - Waosan.

PAARGYAN 31 AUGUSTUS ING LONDON

[Grafik]

Sanadyan nyarêngi mangsa paprangan kala dintên wiyosan dalêm Sri Bagendha Maharaja Putri Wilhèlmina ugi dipun pahargya wontên ing gêdhong Queens Hall (Inggris). Untabing tiyang sakalangkung rame.

--- 1336 ---

BAB KABUDAYAN

Wêdharsabdanipun Paduka Tuwan van Der Plas, Gupêrnur Jawi-Wetan wontên ing Mricofoon.

Kados para miyarsa sampun sami uninga gênging kasênêngan kula dhatêng kabudayan wetanan. Ingkang makatên punika dados botên pêrlu anggumuni dhatêng rekadaya anggèn kula ngiyatakên, angajêngakên tuwin nyêbarakên kabudayan wau.

Ing salêrêsipun tiyang ingkang mbedak-mbedakakên kabudayan kilenan tuwin wetanan, punika kalèntu. Manawi dipun titi saèstu, sawarnining pikiran, ucap tuwin pandamêling manungsa ingkang suci, sae, luhur tuwin lêrês, wosipun sawarnining kabudayan wau, punika nama panunggalipun sawarnining manungsa ing saindêngipun jagad ingkang dhêdhasaring budinipun suci tuwin luhur. Nanging kosok wangsulipun kabudayan punika botên sadaya sami, ing satunggal-satunggaling nagari piyambak-piyambak, ing nagari Eropa beda-beda, makatên ugi tumraping Asia wetan. Upaminipun têtabuhan ing nagari Tiongkok, beda sangêt kalihan ing Jawi Madura. Makatên ugi ing bab têtêmbangan ingkang langkung sae, ingkang ing nagari sanès botên wontên ingkang nyamèni, beda sangêt kalihan têmbangan damêlanipun pujangga Jawi ingkang ugi sakalangkung sae. Malah manawi mirit raosipun, têtêmbangan Tionghoa punika langkung nyêlaki kalihan têtêmbangan Eropa sawatawis. Upaminipun malih, lêlagon musik Ruslan kalihan Italie, beda sangêt.

Limrahipun, ingkang dipun wastani kabudayan wetanan, punika kacêkak inggih sawarnining kabudayan ing nagari-nagari Asia wetan.

Para miyarsa. Anggèn kula anggadhahi dêrêng ngiyatakên tuwin ngajêngakên kabudayan wau, adhêdhasar tigang prakawis:

Sapisan tumrap manungsa sadonya. Upaminipun kabudayan Jawi Madura, punika satunggiling kabudayan ingkang adi saha lêbêt tuwin ugi langkung murni, beda sangêt kalihan kabudayan sanès-sanèsipun. Bêksa Jawi, langkung alus tuwin langkung lêbêt kajêng punapadene raosipun, manawi dipun tandhing kalihan ballet, inggih punika bêksa nagari sanès-sanèsipun. Gamêlan punika satunggiling orkès ingkang langkung alus tuwin murni.

Angajêngakên sawarnining kabudayan punika atêgês mêwahi kasugihanipun tiyang sadonya, manawi kabudayan wau ical utawi mundur, punika adamêl kapitunanipun têtiyang sadonya, inggih nyurutakên sangêt raos kabatosanipun têtiyang sadonya punika.

Kaping kalih, tumrap rayat tanah ngriki sadaya.

Kula yakin bilih budi pakarti Eropa punika migunani tumrap bangsa Indonesia, Tionghoa, Arab tuwin sanès-sanèsipun. Nanging kosok-wangsulipun ugi langkung agêng pigunanipun tumrap ing bangsa Walandi, manawi budi pakartinipun manungsa têtiga wau dipun sumêrêpi. Makatên malih, nagari ngriki punika dipun dunungi ing bangsa warni-warni, tuwin kathah ingkang beda sangêt kabudayan saha budi pakartinipun, upaminipun bangsa Acèh kalihan bangsa Bali. Tumraping pangêrti tuwin pasadherekanipun golongan kêkalih wau wigatos sangêt, tuwin tumraping panunggil ingkang adamêl kiyating nagari ngriki inggih prêlu sangêt sami sumêrêp-sinumêrêpan kabudayanipun wau.

Kaping tiganipun, kula amrasajakakên piyambak.

Manah kula kêtarik sangêt dhatêng kabudayan ingkang gêsang wontên ing tanah ngriki. Umur kula dumugi sapunika sampun satêngah abad, kêlairan ing gêdhong Cisèèng, satunggiling tanah partikêlir ingkang dunungipun têbih sangêt kalihan kitha-kitha. Ingkang cêlak piyambak kitha Bogor, têbihipun kirang langkung 30 km, kala-kala marginipun jêblog, rêkaos dipun ambah ing tiyang. Makatên ugi kala lair kula, dhoktêr botên sagêd dumugi ingriku, wusana namung dipun pitulungi ing dhukun-dhukun kemawon, bangsa Sundha amastani: "Paraji".

Griya ingkang kula ênggèni punika dumunung wontên ing papan inggil. Ingajêngan wontên pakêbonanipun, sitinipun miring anjog ing lèpèn. Ing sabranging lèpèn wontên pasabinanipun ngilai-ilak ngantos pêntog ing parêdèn. Ing sawingking griya kabonipun rumpil, sitinipun anjulêg anjog ing tlaga, ugi wontên lèpènipun alit, ingkang toyanipun kumricik tanpa kêndhat. Toyaning tlaga wau ingkang saperangan tansah awujud jambon, jalaran saking kathah sêkaripun trate, ingkang saperangan bêning kinclong mawa sunar sontan-santun dening dayaning srêngenge, sakêdhap: pêthak, biru, ijêm, jêne sumorot, wusana wungu dening kêsamar ing wanci magrib. Ing têmbingipun tlaga wontên dhusunipun jêmbar, ingkang sumorot kados prada, kadayan dening kathahing wit durèn. Ing dhusun ngriku punika wontên gangsa kalih prangkat ingkang misuwur, nama Nyi Ratu. Saking cariyosipun tiyang ingriku, asli saking Nyi Ratu Kidul, ingkang lajêng kaparingakên dhatêng nata ing Pajajaran. Gangsa satunggalipun nama Cisèèng.

Ing sadèrèngipun kula mirêng suwaraning musik Eropa, ingkang malêbêt ing pamirêng kula ungêling gamêlan saking imbanging tlaga wau. Kula asring mirêng ungêling gangsa ingkang ngrêrangin, saya tumraping pelog Sundha, punika miringipun araos nyês, sagêd nuwuhakên raos bingah tuwin karanta-ranta ing salêbêting manah. Ngantos sapriki, raos ingkang kados makatên wau taksih nabêt wontên ing sanubari kula, nyêsing suwara têmbang ingkang linut ngêliking suling tuwin pangèngsrènging rêbab, kados tumimbuling roh suci saking tlaga wêning ingkang sinarêngan panylupaking gêndhèrgêndèr. tuwin pambanyumilining gambang punapadene

--- 1337 ---

sumêlanging kênong. Ing sabên taun sapisan ing kalanipun ing gêdhong Cisèèng dipun wontênakên wilujêngan sidhêkah bumi, sawarnining gangsa ing laladan Koripan sami dipun kalêmpakakên, ing sarampunging pandonganipun pangulu, gamêlan-gamêlan wau sami dipun tabuh sêsarêngan, dumêlingipun gangsa slendro araos srigak, sanadyan ing kala punika kula taksih alit, sampun anggadhahi manah gambira rumaos kados kuwawia angangkat jagad tanpa sambekala.

Pinanggihing raos ingkang kados makatên punika kilap jalaran saking lêpating paraji, pundhukun dhusun wau, punapa jalaran saking rumasuking suwara gangsa ing kupinging jabang bayi ingkang taksih wontên êmbananing ibu, punika wallahu'alam. Nanging yêktos, dumuginipun sapunika botên wontên ingkang sagêd ngêndhih raosing manah kula, tuwin botên wontên raos katêntrêman kula ingkang kados raos ungêling gangsa.

Ngajêngakên tuwin nyampurnakakên satunggiling kabudayan, punika botên atêgês ngawisi sumêrêp dhatêng kabudayan sanès. Punika malah angosok-wangsul, nyumêrêpi dhatêng kabudayan sanès punika agêng sangêt pigunanipun, malah sagêd tumanja kadosdene migunakakên kabudayanopun piyambak. Samantên punika waton nyumêrêpi yêktos dhatêng kabudayanipun piyambak rumiyin, tuwin punapa ingkang dipun cakakên wau botên namung niru kemawon, kêdah dipun gêsangakên kanthi dhêdhasar kabudayanipun piyambak, kadosdene ungêl-ungêlan Jawi : kêdah salaras kalihan rohing kabudayanipun piyambak.

Sawarnining kabudayan, punika mêndhêt tuwin angangge dayaning kabudayan sanès. Upaminipun kabudayan ngukir sela, rêca tuwin sanès-sanèsipun, ing sakawit pinanggih wontên ing mêsir, dangu-dangu tumular dhatêng pulo Kreta, têrus dhatêng Griekenland. Ing sasampunipun 24 abad kabudayan wau mumbul ingkang ing donya tanpa tandhing. Kala ing abad ingkang kaping 23 awit saking kuwaosipun Prabu Iskandar Dzul Karnèn, kabudayan wau kabêkta dhatêng Pèrsi tuwin Indhu. Wontênipun ing Indhu kabudayan wau saya ngrêbda lajêng tumular dhatêng tanah Jawi. Wontênipun ing tanah Jawi mumbulipun ngantos 1000 taun, ngungkuli kala wontên ing Indhu. Ing sêmu, roh tuwin wujuding wohipun kabudayan wau, wontênipun ing tanah Jawi beda sangêt kalihan aslinipun saking nagari-nagari ingkang kula pratelakakên inginggil wau, amargi lajêng kalarasakên kalihan roh Kajawèn. (Wontên lajêngipun)

KAENDAHAN UTAWI RASA-ADI

Andharanipun Ir. R. Poedjono-Hardjoprakoso, wontên ing Pura Mangkunêgaran, kapêndhêt ingkang prêlu-prêlu.

(Sambêtipun K. No. 94)

Mbokmanawi panjênêngan sampun mirêng gedicht-ipun Jaques Perk, titêlipun: De Iris, inggih punika "de regenboog". Dumadosipun punika rikala Jaques Perk sumêrêp kluwung, njêlarèh wontên ing langit. Manawi botên kalintu, ungêl-ungêlanipun makatên:

Ingkang ben geboren in zonnegloren, / En een zucht van de ziedende zee, / Die omhoog is gestegen met wieken van regen / Gezwollen van wanhoop en wee; / Mijn gelat is doorweben met paarlen die beven / Als een dauw aan roos die ontlook, / Wen een dagbruid zich baadt, / En voor 't schuchter gelaat, / Een waaier van vlammen ontpookt. //

Cara Jawinipun kirang langkung makatên:

Dumadiku saka soroting surya lan uwabing sagara, / kang munggah marang ing ngakasa, kabuncang dening angin, / raiku nganggo kudhung oncèn-oncèn mutyara, / kayadene bun kang ana ing kudhuping kêmbang mawar yèn / pangantèning rahina lagi adus, lan raine ditutupi kêpêt kang dumadine saka uruping gêni. //

Wontên sarjana ingkang mirêng suwara lajêng damêl karangan gedicht, kados ta Guide Gezelle, ingkang sawêg ngêmatakên suwantênipun pêksi nachtegaal, inggih punika pêksi ing Europa ingkang mungêlipun sakeca ing wanci dalu, lajêng kasaru ungêlipun kodhok ngorèk, têmbungipun makatên.

De avond is zoo stille, zoo traagzaam aangetreden. / Dat genen weet, waar hij is gegleden. //

Punika nyariyosakên icaling pintên-pintên suwara sêsarêngan kalihan icaling soroting surya ing wanci magrib. Sarêng ing wanci dalu mirêng kodhok ngorèk, pating caruwèk, lagunipun gedicht sanès, têtêmbunganipun inggih sanès, ngèmpêri kalihan suwantênipun kodhok ngorèk, makatên ungêl-ungêlanipun.

Wat is 't, dat hèr end weder hèr verèrgerend gèrrebèkken / O, vorschen volk uit het water wied, / Houdt op en stoort de stille avond niet, / Laat hooren mij dat leutig slaan / Een kwelgediert, houdt op voortaan. //

Mênggah cara Jawinipun kirang langkung makatên:

Sing pating cruwèt manglantur-lantur iku apa? / O, ya talah, kodhok-kodhok kang padha manggon ing blumbang / Mênênga aja nyuwara, aja gawe suwara kang ora kapenak ing wanci bêngi, aku lagi ngêmatake unine manuk kang suwarane asri, ta enggal mênênga. //

--- 1338 ---

[Iklan]

Ingkang kula aturakên punika namung têtuladan, kadospundi lairipun gêgambaran tuwin unèn-unèn, gêgandhengan kalihan kawontênan. Sadaya kapintêran tuwin pangêrtèn punika pikantukipun sarana sinau, dados manawi manungsa punika gadhah pêpenginan ngêrtos, utawi sagêd dhatêng dêdamêlan utawi sêsawangan, ingkang gumêlar wontên ing jagad punika, inggih kêdah sinau, kêdah kêrêp nyumêrêpi, kêdah ngêrtos dhatêng dhasar-dhasaripun satunggal-satunggalipun pakarti. Dados manawi manungsa punika badhe sinau anggambar pulas, inggih kêdah ngêrtos watak-watakipun warni satunggal-satunggalipun, dados kêdah sinau prakawis kleurenleer, inggih punika kawruh bab warni.

Sintên kemawon ingkang ngêrtos wêwarah karuntutan (leer der harmonie) inggih badhe gampil anggènipun macak panganggèn, utawi nata kawontênanipun bale griya.

Meja kursi, lêmari tuwin sanès-sanèsipun panatanipun inggih sagêd asri, runtut kalihan kawontênanipun ing ngriku, runtut kathah ombyaking jaman. Mila para wanita prêlu sangêt gadhah kawruh tumrap karuntutan ing warni, karuntutan ing garis (harmonie der kleuren en harmonie der lijnen). Manawi pamilihipun barang-barang tumrap kabêtahanipun griya punika sagêd èdi-èdi, sagêd runtut, tumrap rupi lan warni, lajêng pamasangipun ugi mapan, manut ombyaking jaman lan miturut kawontênanipun ing ngriku, punika ingkang lumêbêt ing griyanipun lajêng sagêd gadhah raos sênêng, amargi tansah nyawang kawontênan ingkang pandhapukipun sae lan runtut, punika sagêd ngebahakên manah raos èdi.

Samantên ugi tumrap pamilihipun sandhangan, inggih kêdah ngatos-atos, kêdah pamilihipun punika ingkang taliti ingkang runtut kalihan dêdêg pangadêgipun, ingkang sagêd runtut kalihan kawontênanipun ing badan.

Têtêmbungan kalung usus punika têgêsipun tiyang ingkang sampun dhadhasaripun baut sarta mangêrtos babagan karuntutan tumrap punapa kemawon ingkang dipun angge. Malah piyambakipun karuntutan punika, sabab pangracikipun sandhangan ing badanipun punika mbotên ngangge pangêrti, mbotên ngangge verstand, ananging nuruti ebah-osikipun lan kênyutipun manah, ingkang sampun ngêmu raos adi, mila ingkang sami nyawang inggih sami katut ebah manahipun raos kaendahan.

Para wanita ingkang kathah langkung lantip, langkung landhêp pangêrtènipun, bab karuntutan tumrap warni lan ulês (harmonie der kleuren). Saya malih ing jaman sapunika sarêng sêsêrêpanipun bab warni lan wêwangunan langkung kathah, kabêkta saking kamajênganipun para wanita ing jaman sapunika. Panggrendanipun pangêrtèn babagan bale griya, babagan panatanipun griya saya langkung sae, saya langkung rikat kabêkta saking adêgipun pintên-pintên pasinaon bab kalanganing para wanita (de wereld der vrouw).

Griya-griya rupinipun sapunika inggih sampun nyênêngakên, amargi bangsa kita Jawi sapunika sampun kathah ingkang ngêrtos cara-caranipun damêlan utawi panatanipun bale griya. Buku-buku pasinaon babagan pangrukti pirantosing griya, babagan pandamêlipun sandhanganipun, lan sanès-sanèsipun sapunika inggih sampun kathah.

Kajawi sadaya punika kapacak wontên ing buku-buku, inggih sampun kathah tuladan-tuladan babakan kawruh utawi kawontênan warni-warni ingkang sampun dipun gêlar wontên ing toko-toko utawi griya-griya ing kitha agêng-agêng.

Dados sanajan botên gadhah buku-buku ingkang nyariyosakên utawi nuntuni bab punapa kemawon, manawi kêrêp nyumêrêpi lan ngawuningani barang-barang ingkang sae-sae, ingkang pèni-pèni, punika sampun lumayan, kadamêl mêwahi sêsêrêpan utawi pangêrtosan mawarni-warni. Inggih punika wohipun excursie-excursie dhatêng pundi-pundi, tentoonstelling-tentoonstelling ing kitha-kitha, bab pakaryan, pakarti lan kagunan. Ing ngriku tiyang-tiyang lajêng sagêd sumêrêp barang-barang ingkang anèh-anèh, ingkang èdi-pèni, ingkang lajêng sagêd anggrenda budi pakartinipun.

Mila manawi manungsa punika badhe nglandhêpakên raosipun adi, ingkang kêdah kêrêp nyumêrêpi, nyawang lan mirêngakên kawontênan ingkang sampun dipun anggêp adi utawi endah ing ngakathah.

Nuwun, anggèn kula nyariyosakên bab kawontênanipun kaendahan utawi raos adi punika namung kula cêkak, manawi dipun andharakên ingkang salêsih badhe panjang sangêt, pramila andharan kula namung kula punggêl samantên kemawon.

--- 1339 ---

[Iklan]

--- 1340 ---

Jagading wanita

WANITA INDHU

Sambêtipun K. No 94.

Suwargi R.A. Kartini botên kathah nyêbutipun sêsambêtaning raos kawanitan kalihan para putri Indhu, namung ndlêmok sakêdhik kalih kêdhik, nanging pamawasipun mila waspada, pamanggihipun mila landhêp. Tôndha yêktinipun pinanggih ing sêrat ingkang kapirid ing nginggil...

Jaman samangke, nêdhêng-nêdhêngipun pakêmpalan wanita sa-Indonesia sami asikêp dêdamêl, sêsambêtanipun kalihan jagading wanita Indhu kêtingal mindhak rumakêt, panuladipun sangsaya srêgêp.

Kêgèndèng dening ombakipun pakêmpalan para priya, para wanita sami tumut-tumut ngungak ing jagadipun tiyang Indhu ing Indiya. Buku-buku waosan wêdalan India ingkang ngêwrat kawruh ing bab kawontênanipun para wanita ing tanah ngrika, kawaos, kawiyak dipun olak-alik, dipun cucup sêsêrapanipun.

Tata ngadat tiyang èstri Indu, ingkang damêl ribêding lampah miturut tatanan modhèrên kados ta: nyingkur para wanita ing salêbêting griya, njodhokakên pangantèn ingkang dèrèng cêkap umur (kinderhuwelijken) dados lare sami dene lare dèrèng cêkap ngumur sampun dipun dadosakên pangantèn, punika kawontênan sadaya wau sami dipun sumêrêpi dening para wanita ngriki sarana wêwaosan ing buku.

Ing bab panyingkuripun tiyang èstri Indhu miturut tata ngadat kina, jaman abad kapêngkêr (abad 19, dados taun sèwu wolung atusan), tiyang èstri sanajana sampun semah, tansah sumimpên ing griya, dalasan manawi sakit utawi gadhah lare namung kenging kagarap ing dhukun èstri.

Ing bab jêjodhoan lare sami dene lare, dèrèng dangu icalipun tata ngadat punika, lare èstri dèrèng ngancik umur 10 taun sampun dipun semahakên, lare jalêr umur samantên taun ugi. Ingkang punika kala rumiyin kêlimrah, sapunika sampun botên.

Panganggening tiyang èstri Indhu, ingkang dados pangeram-eraming sok tiyang ingkang sami sumêrêp dipun wastani sari. Mênggah sari punika kenging dipun upamèkakên slendhang ingkang panjang sangêt, asring sutra, dipune pinggiri pita pradan, utawi pinggiran burci. Anggènipun ngangge, sêmingsêt ing bangkekan, lajêng dipun ubêdakên kados dene sinjang, dipun inggahakên têmangsang ing pundhak kalih, ing wêkasan kangge kêkudhung gêlung. Ing sarèhning sari punika ingkang kadamêl sutra utawi badhe sêmbêt ingkang tipis lan alus, sanajan pangubêdipun ing badan wongsal-wangsul, nanging dhawahipun ing salira srêg nurut wanguning badan, kados cinithak.

Kawuningana, tanah India punika saperangan agêng dipun ênggèni bôngsa Indhu agami Kêbudan, nanging wontên 1/3 saking cacah jiwanipun ingkang ngrasuk agami Islam. Wondene têtiyang èstri tanah India ingkang ngrasuk agami Islam, gêsangipun inggih miturut tata ngadat Islam.

Asring tanah Indhonesiah kêtamuan para putri Indhu ingkang andon lêlana ngiras kêpengin nguningani luhuring kabudayan bêksa tuwin gêndhing ing tanah Jawi lan Bali. Ingkang dipun wigatosakên bêksaning para wanita.

Dados sêsambêtanipun jagading wanita Indhu kalihan para wanita Indhonesia dèrèng wontên têlasipun. Linta-lintuning sêsêrêpan namung badhe nglêbêtakên raos pasadherekan, rumaos sami dene tinitah èstri, nunggil kabêtahaning agêsang, ing wusana sadaya tanduk tumuju dhatêng karahayoning buwana.

Siti Mariyam

KAWRUH BATHIK WARNI-WARNI

(Sambêtipun K. No. 93.)

Manawi sampun atus lajêng dipun kum dhatêng toya tawa kanthi dipun udhal, lajêng dipun kêbyok (godhog). Yèn lilinipun sampun rêsik, lajêng kacêmplungakên dhatêng toya tawa têrus kagirah, lajêng dipun girah malih toya kacampur tawas, takêranipun karaos kêcut mônda-mônda, sarta lajêng kaulêt supados waradin. Manawi sampun lajêng dipun bilasi toya tawa, punika sampun dados sinjang babaran.

Anggodhog soga kangge babaran kasar cara Ngayogya:

Tingi 70 kati, soga (jambal) 5 kati, têgêran 2 1/2 kati.

Kagodhog dipun toyani 9 blèg (180 l.) panggodhogipun umob sêpuh, dipun kantunakên 6 blèg (120 l.). Panggodhogipun 4 rambahan, lajêng kalêrêmakên kados ingkang sampun kasêbut. Pangêclupipun namung 3 rambahan. Caranipun ngênyêt kados ingkang sampun kasêbut ngajêng.

Barang sasampunipun kasoga ping 3, lajêng dipun sari gamping. Pandamêlipun sari gamping kados ing ngandhap punika:

Gamping 1 kati dipun toyani 3 blèg (60 l.), lajêng kaudhêg sarta kacêmplungan gêndhis klapa 3 lirang (1 1/2 tangkêp) supados mênêpipun bêning, lajêng barang ingkang sampun kacêlup soga wau dipun cêlup dhatêng toya sari gamping punika.

Dene ngêclupipun wau wontên tong, barang wau lumêbêtipun dhatêng toya sari gamping kanthi dipun udhal, sarta lajêng dipun idak-idak,

--- 1341 ---

dipun wolak-walik ngantos waradin, lajêng dipun sampirakên dhatêng gawangan supados atus.

Manawi sampun lajêng kajèrèng ing papan pamepean. Manawi sampun atus lajêng kacêlup dhatêng soga campuran sari kuning.

Pandamêlipun soga campuran sari kuning makatên:

Soga 3 blèg, toya 1 blèg, tawas 1/2 kati, sari kuning 1/2 kati, têgêran 1/2 kati.

Kagodhog dados satunggal. Panggodhogipun ngantos umob sêpuh, lajêng kailing dhatêng papan sanès. Manawi sampun mangêt-mangêt, barang ingkang nêmbe dipun sari gamping wau lajêng kacêlup dhatêng soga campur punika, lajêng kajèrèng ing papan panjerengan ngantos satêngah garing, lajêng dipun sari gamping kados ingkang sampun, lajêng dipun sari kuning.

Pandamêlipun sari kuning makatên:

Sari kuning 1 kati, têgêran 1/4 kati, tawas 1/2 kati.

Kagodhog dipun toyani 1 1/4 blèg (25 l.). Panggodhogipun ingkang sêpuh kakantunakên 1 blèg (20 l.), lajêng kailing dhatêng wadhah sanès. Manawi sari kuning wau sampun asrêp, barang ingkang nêmbe kasari gamping wau lajêng kacêlup dhatêng sari kuning punika. Manawi sampun waradin lajêng dipun kêbyok (kagodhog).

Dene manawi lilinipun sampun katingal rêsik, lajêng kaêntas sarta kagirah toya tawa. Sasampunipun rêsik lajêng kagirah toya tawas kacampuran sari kuning raos kêcut mônda-mônda.

Dene manawi nyampuri sari kuning dhatêng toya tawas wau kuningipun mônda-mônda, manawi sampun lajêng dipun girah toya tawa. Punika sampun dados sinjang babaran.

Anggodhog soga kangge babaran Banyumas alus.

Soga (jambal) 30 kati, tingi 15 kati, têgêran 5 kati, kêmbang pulu 4 kati.

Kagodhog dipun toyani 5 blèg (100 l.). Panggodhogipun kêdah umob sêpuh, kakantunakên 3 blèg (60 l.). kagodhog 3 rambahan, kalêrêmakên.

Pangêclupipun soga 16 utawi 17 rambahan, lajêng dipun jèrèng. Dene panjèrèngipun kados ingkang sampun, lajêng dipun sari gamping.

Pandamêlipun sari gamping kados ing ngandhap punika:

Gamping 1 kati dipun toyani 2 blèg (40 l.) lajêng kaudhêk, kacêmplungan gêndhis klapa 1 tangkêp ugi lajêng kaudhêk. Manawi sampun mênêp, bêningipun dipun iling dhatêng wadhah sanès. Dene kênthêlanipun dipun jogi toya malih 2 blèg (40 l.), lajêng kaudhêk. Kacêmplungan gêndhis klapa malih 1 tangkêp ugi kaudhêk. Manawi sampun mênêp, ugi kailing dhatêng wadhah sanès.

Sasampunipun barang ingkang sampun kasoga wau lajêng kacêlup dhatêng toya sari gamping ingkang ilingan sapisan, ugi dipun ênyêt-ênyêt kados ingkang kasêbut ngajêng. Manawi sakintênipun toya sari sampun katingal rumêsêp waradin, lajêng kaêntas kacêmplungakên dhatêng toya sari gamping ingkang ilingan kaping 2. Manawi sampun waradin lajêng kaêntas kasampirakên dhatêng gawangan sarta kaudhal. Manawi sampun lajêng kajèrèng satêngah garing. Lajêng dipun toyani toya tawas kacampuran gêndhis batu.

Pandamêlipun toya tawas kados ing ngandhap punika:

Tawas 1/4 kati, gêndhis batu 1/8 kati, jêram pêcêl 2 glundhung.

Kagodhog dipun toyani 1 1/2 blèg (30 l.). Panggodhogipun ngantos umob sêpuh. Manawi gêndhis, tawas sampun katingal ajur lajêng dipun êntas. Manawi badhe kangge kêdah ngêntosi manawi sampun asrêp, barang ingkang sampun kasari gamping wau lajêng kacêlup dhatêng toya campuran tawas, gêndhis, jêram sarta kaulêt-ulêt ngantos waradin, lajêng kagirah toya tawa, lajêng dipun kêbyok (kagodhog). Manawi lilin sampun katingal rêsik, lajêng kaêntas saking panggodhogan têrus kacêmplungakên dhatêng toya asrêp kagirah rêsik. Punika sampun dados sinjang babaran.

Anggodhog soga kangge babaran Banyumas sacara dhagêl (cêkapan):

Soga (jambal) 35 kati, têgêran 1 kati, kêmbang pulu 1 kati.

Kagodhog dipun toyani 5 blèg (100 l.). Panggodhogipun ingkang sêpuh, kakantunakên 3 blèg (60 l.). Panggodhogipun kaping 3 utawi 4 rambahan ugi mawi dipun lêrêmakên kados kasêbut ngajêng. Barang biron lajêng kasoga ping 8, panyoganipun dipun ênyêt-ênyêt kados ingkang sampun, lajêng dipun sari gamping.

Pandamêlipun sari gamping kados ing ngandhap punika:

Gamping 1 kati dipun toyani 3 blèg (60 l.) lajêng kaudhêk, kacêmplungan jur-juran gêndhis klapa 1 1/2 tangkêp lajêng kaudhêk.

Manawi sampun asrêp, barang ingkang sampun dipun soga wau lajêng kacêlup dhatêng bêninganipun toya sari gamping punika, ugi dipun ênyêt-ênyêt kados kasêbut ngajêng ngantos waradin. Manawi sampun lajêng tilêmakên dhatêng siti utawi mêstèr kanthi dipun lambari kepang. Manawi toya sari wau sampun katngalkatingal. sami rumêsêp waradin, lajêng dipun girah. Panggirahipun wontên papan ingkang waradin, panggirahipun kanthi kasikat alon-alon. Manawi sampun lajêng kasampirakên dhatêng gawangan. Manawi sampun lajêng kacêlup soga angêt sarambahan, lajêng kajèrèng wontên papan pamepean ngantos garing, lajêng dipun sari gamping. (wontên lajêngipun)

JAYÈNGWIGNYA, Ngayogya.

--- 1342 ---

Caritaning Dhalang, Pambêkanipun Prabu Salya

Caritaning dhalang punika mawi lagu miturut wiramaning gôngsa sagêda sakeca kamirêngakên, sarta cêtha swaranipun, supados têrang, cêtha ingkang kacaritakakên, mawi ngangkah sèlèhipun pêdhotaning ukara dalah gatraning têmbung, mila lagunipun caritaning dhalang, anggènipun anjantur (nyaritakakên salêbêtipun gôngsa kasirêp, kalirihakên) mawi angon wirama, sora ririhing swara. Ajêg swaranipun, punapa agêng alit miturut swaraning gôngsa, punika namung kasarahakên ing dhalang. Racikaning ukara caritaning dhalang punika kados ukara kidung, ngoko, kaworan krama sarta basa kawi gampil-gampilan. Manawi botên prêlu sangêt, tanpa têmbung panggandhèng.

Dhalang anggènipun anjarwani asmaning para panjênêngan nata, punika ingkang kathah kalèrègakên dhatêng pambêgan sae, kautaman, kaprawiran, kapandhitan, karahayon, prêlu angluhurakên, ngaosi, nêtêpi tatakrami. Rèhning asring wontên ingkang botên cocog kalihan kanyataanipun, asring katêmbungakên ompak-ompakan, prêlu kangge ganjêl supados katingal inggil, mila manawi sampun cocog kalihan nyatanipun, prayogi botên katêmbungakên ompak-ompakan, cêkap carita kemawon. Wondene anggènipun anggathuk-gathukakên têgês kalèrègakên dhatêng kasaenan punika kenging kapuwung, katimbang kalèrègakên dhatêng piawon, nanging manawi sampun angsal têgêsipun ingkang maton, kenging karangkêpakên utawi ngangge salah satunggal.

[Grafik]

Prabu Salya

Kados caritaning dhalang tumrap asmanipun Prabu Salya ingkang kawrat ing pakêm padhalangan wêdalan gênutsêkap sarta Bale Pustaka ing lampahan Kartawiyoga, taksih kalêstarèkakên makatên: wênang dèn ucapakên jêjuluking narendra ing Mandraka. Wontên lajêngipun

Dhalang Sala.

--- 1343 ---

Ambarang Kojah

Urut Pasisir Lèr

I.

Dhimas Petruk yang mulya.

Mak glundhung, andang têkan Cirêbon. Sabên uwong padha duwe sêngguh lan duwe pambêkan. Sanajana irunge tak lim, mripate cincing sasisih, samôngsa ngêtoni nayuban mêsthi duwe rasa bagus dhewe, macak dhewe, patut lan pantês dhewe. Mêngkono uga jênêng ingsun, sanajana lungaku kiye kaya bêstèlan rêmbus, ewasamono krasan atiku dhewe mêksa kaya ministêr pan bitên lan sêsakên kêcil.

Lakuku tak gawe kêthêklik-kêthêklik, nganggo ngêmpit wandhêl sêtok sajak kaya ministêr tênan kae. Mung kacèke, nèk ministêr tênan nganggo diancarani para pangêmbat praja, barêng jênêng ingsun, sing mapagake ngêmungake para pangêmbat kopêr, kang padha nganggo kostim irêng komplit kake.

Lagi ana ing sêtatsiyun bae, aku wis olèh prêsèn ece. Kêpêthuk gathuk karo sobat-sobatku, ora banjur diuluki salam hèil Mas Garèng, ning dilokake wadhuh, jurnalis kangjêng kiye. We la, sêmbrana tênan, môngka tèrêm jurnalis kangjêng kuwi saelingku mung dianggo ngece jinising jurnalis kang bayare uwêl-uwêlan, ning ora tau nulis nèng layang kabar kae. Utawa jinising jurnalis sing êsake ana pulpène sêgala mèrêk: pailot, sailor, parkêr, watêr man, matadhor, ènsopurêt. Ning ora tau dianggo nulis. Utawa manèh jinising jurnalis sing ngalor ngidul ongkat-ongkot gawa tas ning ora isi buku utawa bloknut, isine mung gêndul wadhah wedang karo buntêlan bakwan. Tumraping aku, diece kaya mêngkono mau ora tak gawe rasa... sakajêng dika bangêt.

Sanyatane, jaman saiki lagi rada modha,modhèl. sêmune wiwit akèh wong kang duwe panganggêp nèk pulpèn karo tas kuwi jinising prabot gagah-gagahan. Mulane akèh wong sing ora bisa ing ningcingringking, ning nèk lungan sangune pulpèn salusin, tas loro ambêntoyong, sanajana mung kêbak kamli karo andhuk.

Aku ora pamèr, Truk, sabênêre bae, anggonku ngliwati sêtatsiyun Crêbon kuwi wis luwih ping têlung jinah, nanging lagi sapisan kiye mlêbu mênyang kuthane. Maune kutha Crêbon kuwi rada tak ênyèk, tak anggêp jinising kutha kêlas unyik. Jêbul ora. Barêng aku wis malêbu mênyang kuthane, sluman-slumun mênyang ngêndi-êndi, banjur ngrêti yèn isèn-isène [i...]

--- 1344 ---

[...sèn-isène] kutha Crêbon pancèn akèh sing pantês didêlêng lan disumurupi. Lagi wêruh sumur jimat sing nèng têlênging kutha bae, aku wis kêpengin wêruh larah-larahe. Mêsthine sumur jimat mau ana dêdongengan sing apik bangêt kae. Êmbuh sumur tiban, êmbuh sumur pujan saya barêng nonton kraton Crêbon, ing kono gagasanku banjur saya ora gênah bangêt, dene banjur ngalamun anggagas lêlakon duk ing jaman kuna.

[Grafik]

Kraton Kasêpuhan

Crêbon ana kratone têlu, Kasêpuhan, Kanoman, lan Kacrêbonan, kabèh tak dêlok saka ing jaba. Maune, ngrêtiku nyang kaanan kraton Crêbon kuwi mung jare-jarene. Saiki jan wêruh tênan.

Kraton Kasêpuhan sawangane saka ing jaba singêr awingit. Alun-alune cilik, bangsal-bangsale iya kaya kraton Jogja Sala kae, mung kacèk isih cengkok kuna, tur sarwa cilik. Ananging sanadyana cilik, iya mêksa luwih gêdhe tinimbang omahku sapawone. Pagêr batane ngarêp sitinggil, pagêr bata abang, cengkok kaya Bali utawa kaya Kutha Gêdhe Jogja.

Nèk Kraton Kanoman, sawangane saka ing jaba pancèn luwih ênom tênan karo Kasêpuhan. Prakara wingite, singêre, isih ketok. Mung pagêr batane ngarêp sitinggil, wis dilabur putih. Cengkoke, saka rumangsaku iya wis ora nganggo cengkok Jawa Kuna (Hindhu Jawa). Sagêbyaran kaya andêlêng sitinggil ngalun-alun kidul Jogja. Mung bangsal-bangsale isih kaya modhèl Jawa dêlês. Ing kono iya ana alun-alune, iya cilik.

Dene yèn Kacrêbonan, wis ora kaya kraton, mung kaya dalême priyayi gêdhe. Ing kono wis ora nganggo alun-alun, dadi ora ablêgêr kraton. Tak injên saka jaba, ing platarane kraton-kraton kono, kok iya akèh gantangane manuk pêrkutut. Malah nalikane aku mrono, ambênêri padha manggung, akèh kutute kang ebat-ebat. Racak-racake kabèh - ha ut kê -têkung. Ora ana sing muni huk kêtêki kikik. Sajroning ngrungokake kutut kuwi mau, aku iya olèh bathi pangrêti. Katêrangane, manuk kutut kuwi kalêbu kasênêngan umum, bokmanawa wiwit kuna mula pancèn dadi kasênêngane para luhuluhur. lan para wong cilik.

--- 1345 ---

BARKAHAN

Kados ingkang sampun kawartosakên ing Kajawèn kêpêngkêr, bab barkahan Biskop Mgr. A. Sugiyopranoto S.J. ing Sêmarang. Ingriki ngêwrat gambar-gambaripun wêkdal kawontênakên barkahan wau.

Dene pangagêng-pangagêng ingkang anjênêngi: Gupêrnur ing Jawi Têngah lan Gupêrnur Surakarta, wakil dalêm Ingkang Sinuhun ing Surakarta saha wakil dalêm K.G.P.A.A. Mangkunêgoro, sarta para warga Raad Kawula. Pangagêng greja kados ta Apostolisch-Vicaris ing Hindia Walandi tiga, Apostolisch-Prefect ing Jawi tiga saha para Missie-Overste ing Jawi. Ingkang minangka Assistant-Biskop: Mgr. Mekkelholt saking Palembang tuwin Mgr. Albers saking Malang.

[Grafik]

--- 1346 ---

GLADHÈN L.B.D.

Mripat tuwin kuping pinanggih ing pundi-pundi, kadosdene mawi kawat gaib, maradini sa-Indonesia.

Wiwit tanggal 12 November 1940 jam 4 sontên nyandhak tanggal 13, 14 saha dumugi tanggal 15 jam 8 enjing, L.B.D. ngawontênakên gladhèn ing saindêngipun Jawi Kilèn.

Tumindaking gladhèn wau sakeca tuwin botênipun sampun rinaosakên ingakathah. Gladhèn punika gladhèn ingkang kapisanan, mila botên anèh manawi taksih wontên ingkang tuna-dungkap tumindakipun. Makatên ugi tumrap bab mranata wontên ing laladan ingkang jêmbaripun 50.000 km2 saha ingkang isi jiwa 11.500.000, inggih botên gampil.

[Grafik]

Sawarnining têtumpakan ing margi agêng nalika wontên gladhèn L:B.D.

Nanging kajêngipun L.B.D. punika supados sadaya tiyang sami sumêrêp saha mangêrtos dhatêng caraning ngayomi jiwa tuwin badan ing samangsa tinêmpuh ing mêngsah. Mila tumindaking pacobèn punika inggih tinampi bingah ingakathah.

Sawarnining kawontênan ingkang pinanggih botên sakeca, lajêng sagêd dipun ewahi. Makatên ugi ingkang pinanggih botên prayogi wontên ing dintên sakawit, inggih lajêng dipun ewahi wontên ing dintên candhakipun.

Upaminipun, ing dalu ingkang kapisan, rundha L.B.D. tumrap panitining dilah sakalangkung gêmêt, dilah sampun dipun bungkus, inggih taksih dipun titi; dados nama kasangêtên.

Miturut pranatan ingkang sumêbar, ungêling gauk tandhaning bêbaya badhe kasambêt ungêling bêdhug ing kampung-kampung, ngalih-ngalih: oo oo oo. Punika tumindakipun ing dintên kapisan inggih dèrèng sae. Nanging salajêngipun ing dintên sambêtipun, saya prayogi.

Makatên ugi tandha sirêping bêbaya ingkang sarana ngungêlakên pluiting mobil utawi motor pulisi, punika inggih botên kamirêngan dumugi ing kampung-kampung. Mangka lêrêsipun pluit wau kêdah lajêng kasambêt ing bêdhug dipun tabuh sapisan-sapisan o o o o. Tandha kalih pisan wau ing dintênipun kapisan sami botên kamirêngan ing kampung-kampung.

Ingkang langkung nggawokakên punika tumraping ngakathah ingkang nuju wontên ing ratan ing kalanipun wontên gauk mungêl, botên mawang bangsa, kathah ingkang botên mangêrtos, nganggêp manawi gauk wau botên mungêl. Têmahan pulisi lajêng sami ribut, sawarnining têtumpakan kapurih kèndêl, dhilman kapurih nyopoti pakeaning kapalipun, motor kapurih kèndêl ing sisih kiwa. Manawi cêlak pandhêlikan, têtiyangipun sami kapurih ndhêlik, manawi botên wontên kapurih pados pandhêlikan piyambak.

Makatên ugi kathah tiyang ingkang gumun dene kathah auto dupèh ingajêng dipun tèmplèki dlancang jambon ciri L.B.D. lampahipun dipun lulusakên ing pulisi, awit dipun wastani dados tandhanipun tiyang ingkang numpak anglampahi padamêlan wajib. Jêbul katranganipun, auto ingkang kados makatên wau ing kala enjing kangge ngêtêrakên tuwanipun malêbêt dhatêng padamêlan, sarêng siyang dipun angge pêrluning nyonyahipun piyambak. (Wontên lajêngipun).

--- 1347 ---

BABAD MINGGON

19 November 1940

Pamanahipun Ruslan.

Kados ingkang sampun kacariyosakên ing babad minggon kapêngkêr, ubad-ubêdipun Jerman kalihan Ruslan katingal amêngku kajêng ingkang wosipun nêdya sêsarêngan ngagêngakên panguwaos wontên Eropa têngah. Ing bab dhatêngipun Molotoff ing Bèrlin, punika ing sêmu katingal kados dadakan, nanging sajatosipun pancèn sampun dangu sami anthuk-anthukan saha namung kantun nyambêt .rêmbag ingkang sampun-sampun. Namung gêlaripun Ruslan kados api-api botên mangêrtos.

Sarêng sampun cêtha bilih sêdyanipun nagari kêkalih wau badhe ngawontênakên prajanjian ingkang kalangkung wigatos, têtiyang Jerman sami akêplok-kêplok anglairakên bingahipun. Kawigatosanipun wau, Jerman gadhah pangangkah supados Ruslan punika puruna dados sumbêr pangangsonipun Jerman, kadosdene tumindakipun Amerika kalihan Inggris. Dene rumèmbèt-rèmbèting pêrlu lajêng nggayut Turki, ing bab wontênipun paprangan ing Griekenland.

Calumikipun Jerman dhatêng Ruslan, saupami Jerman nêmpuh Griekenland saha manawi pêrlu nêmpuh Turki, punapa Ruslan purun tumut ngamping-ampingi.

Nanging sajatosipun, punapa sasolah tingkahipun Jerman tuwin Ruslan, punika tansah kasumêrêpan ing Amerika, saha Amerika botên niyat badhe elik-elik kanthi ginêm dhatêng tindakipun nagari kêkalih wau, awit tamtu tanpa damêl, kajawi kêdah katindakakên kanthi tandang. Namung gêlaripun Ruslan punika tansah ngatingalakên anggèning netral. Malah pinanggihipun rêmbag ingkang gumêlar, wos-wosipun Jerman kalihan Ruslan punika namung badhe tumindak gêsang sêsami-sami.

Ing sapunika Inggris, tamtunipun botên purun badhe kêmoran tandangipun Ruslan wontên ing paprangan, amargi Inggris sampun pana dhatêng kêkajênganipun Ruslan ingkang saèstu, saha langka saupami Ruslan tumut pêrang manawi botên kanthi kamelikan agêng.

Sayêktosipun Ruslan punika inggih namung sarwa anggadhahi èwêd pakèwêd dhatêng Inggris, kadosta ing bab ucapipun Inggris anggèning nayogyani adêgipun panguwaos Ruslan wontên ing Estlan, Letlan tuwin Lithauen, awit nagari têtiga wau taksih gadhah arta wontên ing Inggris. Mangka manawi Ruslan anampènana rêmbagipun Inggris, Ruslan badhe kapitunan, amargi tamtunipun Inggris botên badhe purun nyukakakên arta dhatêng nagari têtiga wau ingkang sajatosipun sampun botên madêg. Makatên ugi ing bab usulipun Inggris anggènipun badhe malangi panêmpuhing Iiyan dhatêng Ruslan, punika inggih botên dipun tampi ing Ruslan.

Ewahing kakuwaosan ing lautan têngah.

Ing bab indhaking panguwaosipun Inggris wontên ing lautan têngah, punika ugi dados pamanahanipun Ruslan, awit indhaking panguwaosipun Inggris wontên ing lautan ngriku punika atêgês langkung mikantuki, Inggris lajêng kobèt anggèning ngeguhakên lampahing kapal pêrangipun. Ingkang makatên punika tamtu anuwuhakên daya warni-warni tumraping nagari-nagari sanès.

Kapal pêrang ingkang wontên ing laladan lautan ngriku punika kenging kangge nyirnakakên kapal-pêranging mêngsah ingkang wontên ing lautan Atlantik ingkang nêdya mêdhotakên sêsambêtanipun Inggris kalihan Amerika. Ing bab makatên punika sampun pinanggih tandha yêktinipun. Namung eman dene Inggris botên nggadhahi panguwaos wontên palabuhan Eire, ingkang kawontênanipun ingriku mardika. Saupami Inggris tumut anggadhahana panguwaos wontên ingriku, tamtu agêng sangêt pigunanipun tumraping paprangan.

[Grafik]

Mênggah rêkadayanipun Jerman anggèning tansah nggadhahi tindak palacidra botên wontên sampun-sampunipun, kados ingkang pinanggih ing Australie, mêntas wontên kapal kalih gadhahanipun bangsa Amerika tuwin Inggris, sami nêmahi karisakan jalaran narajang bom pasanganipun Jerman. Wosipun sawarnining tindak piawon wau namung nglêgani kamurkan tuwin kangge ngringkês panguwaosing liyan.

Ingkang nêmpuh dados kêtêmpuh.

Pêrangipun bangsa Griek katingal saya nggrêgut. Ing sakawit ingkang dipun têmpuh Griek, nanging pinanggihipun ing sapunika ngosok wangsul, malah Griek ingkang nêmpuh, inggih punika nêmpuh dhatêng Italie. Pinanggihipun ing paprangan, barisanipun Italie ing pundi-pundi, kajawi ing pasisir, tansah dipun angsêg ing wadya Griek, malah ngantos sagêd nênggêl dhatêng dununging pabarisan Italie ing Koritza, ngantos kèngsêr saking ngriku.

Miturut wartos, pangajênging wadya Italie, Bodaglio tuwin pangajêng generale staf Jer-Dilanjutkan pada hlm. 1348 setelah tanda garis.

--- 1348 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

TANAH NGRIKI.

Malang kathah prakawis. Landgerecht ing Malang wiwit tanggal 2 Januari dumugi November punika mriksa prakawis 20.335 bab. Tumrap Malang piyambak 13.046, Turèn 2398 tuwin Kêpanjèn 2205. Tumrap sanès-sanès panggenan namung sakêdhik.

Dr. Cipto badhe bikak praktijk wontên Cirêbon. Wontên wartos, Dr. Cipto Mangunkusumo sawangsulipun saking Bandha, badhe manggèn ing Cirêbon saha bikak praktijk wontên ingriku.

Pribumi ingkang ngrasuk agami Kristên. Miturut katranganipun tuwan Sukarjo Wiryopranoto wontên ing raad kawula, pribumi ing Indonesia ngriki ingkang ngrasuk agami Kristên wontên 2.100.000. Cacah samantên punika ingkang Protestant 1.700.000, Katholiek 400.000.

Kasêrêg ing prakawis jalaran motrèt. Wontên tukang potrèt bangsa Jêpan tuwin pribumi motrèt wontên ing pulo Samosir, Sumatra. Sarèhning papan ingkang dipun potrèt wau dados papan awisan, tiyang kalih wau sami dipun cêpêng ing pulisi, kasêrêg ing prakawis.

Prof. Dr. H. Kraemer taksih sugêng. Ingajêng nate kawartosakên bilih Prof. Dr. H. Kraemer ing Leiden, tilar donya saking pandamêling mêngsah. Ing sapunika kawartosakên, panjênênganipun taksih sugêng.

Panenan pêlêm. Panenan pêlêm ing Probolinggo, Pasuruan tuwin sanès-sanèsipun pinanggih sae, anjalari mloroding rêrêgèn. Kajawi ingriku, tumrap Jawi têngah ingkang mangsa pêlêm, ing Bagêlèn, manawi Jawi kilèn ing Cirêbon.

Pilihan warga Pravinciale Raad Jawi wetan. Tumrap warga provinciale raad kiesdistrict Surabaya tuwin Kêdhiri mêntas ngawontênakên pilihan. Tumrap Kêdhiri milih R.P. Suroso tuwin Mr. Harmani. Nanging tuwan Suroso botên angajêngi dados wakil Kêdhiri, dene Mr. Harmani botên purun dados wakil Surabaya. Salajêngipun kawontênakên pilihan malih, tumrap Surabaya milih R.T.A. Rêksoamiprojo, Bupati Mojokêrto. Tumrap Kêdhiri milih Tuwan Mursito, Gouv. Ind. Arts.

Sanatorium ing pulo Onrust. Ingajêng sampun nate kawartosakên, bilih têtiyang sakit T.B.C. ingkang manggèn ing pulo Onrust sami dipun pindhah, wontên ingkang lajêng manggèn wontên ing C.B.Z. utawi dipun upakara wontên ing griya piyambak. Salajêngipun badhe ngêdêgakên sanatorium. Nanging ing sapunika wontên wartos, sêdya wau botên saèstu saha têtiyangipun ingkang sami sakit badhe kawangsulakên dhatêng Onrust malih. Malah kawontênanipun ing Onrust ngriku badhe langkung jangkêp pirantosipun. Ing pangangkah, benjing tanggal 1 Januari 1941 sampuna sagêd dipun ênggèni.

Bangsa Walandi nyinau basa Jawi. Kawartosakên, ing Surabaya wontên golonganing bangsa Walandi ingkang nyinau basa Jawi, wulanganipun badhe kawiwitan wontên ing wulan Januari ngajêng punika.

Angsal-angsalanipun tanêman pacobèn Wongsorêjo. Angsal-angsalaning tanêman pacobèn kapas ing Wongsorêjo (laladan Ijèn) pinanggih sae, langkung sae tinimbang tanêman kapas ing Dêmak. Pasitèn ingkang ngêdalakên asil wau wontên 40 ha. Sarèhning saening pamêdal wau anocogi kalihan papanipun ingriku, lajêng badhe dipun jêmbarakên.

Panggaotan damêl lim. Ing Kutho Gêdhe, Ngayogya, wontên panggaotan enggal andamêl lim, ingkang kadamêl woh klèca nêm tuwin woh tanjung. Pinanggihipun botên kawon kalihan lim sanèsipun. Ing bab punika anjalari majênging padagangan woh kalih warni wau, ingkang ingajêng botên anggadhahi aji.

Mahasiswa Bestuursacademie dhatêng Sumatra. Sampun sawatawis dintên, tuwan-tuwan Sukarjo, wêdana ing Wirosari, Suwandono, a.w, ing Nganjuk tuwin Subêkti, wêdana ing Malang, sami mahasiswa Bestuursacademie, nalika nuju liburan sami tindak dhatêng tanah Sumatra, inggih punika ing Medan, Balige, Fort de Kock, Lubuk Linggau, Tanjung Karang lajêng wangsul dhatêng Bêtawi. Kawigatosaning lampah pêrlu anjêmbarakên wawasan.

Njêmbarakên Sanatorium. Jalaran saya mindhak-mindhakipun tiyang ingkang malêbêt ing Sanatorium Songgoriti, Malang, ing sapunika dipun indhaki jêmbaripun, kintên-kintên cêkap dipun ênggèni ing tiyang 100.

Wartos dora. R.P.D. martosakên : Sampun sawatawis dangunipun tansah wontên wartos, bilih ing kalangan marine andhawahakên paukuman-paukuman babagan têlik.

Wartos lalawora ingkang kados makatên punika botên maton babarpisan, têtela namung tuwuh saking pangolak-alik. Kadosta, wartos lalawora wau nyariyosakên, bilih wontên satunggiling upsir Koninklijke marine ingkang kêcêpêng ing nalika nuju nêlik, saha lajêng botên purun suduk-jiwa nalika tiyang wau dipun dhawuhi. Sasampunipun makatên upsir wae lajêng dipun ukum kunjara 18 taun dening krijgsraad.

Bab punika dora babar pisan, amargi botên wontên upsir satunggal-satunggala utawi wadya lautan ingkang kaukum.

Pêpèngêt awoning tindak nggiyarakên wartos awon ingkang kados makatên wau botên dipun gatos-gatosakên, mangka nyatanipun adamêl kapitunan dhatêng nagari wutah-rahipun piyambak. Dados têtela wartos lalawora ingkang kados makatên wau namung badhe ngongkrèh-ongkrèh katêntrêman kemawon sarta botên andandosi kakiyatan babarpisan.

Tiwas jalaran nêdha ulam manyung. Ing Mlalèn Trênggulun, Sêmarang, wontên tiyang nama Wanti olah ulam manyung lajêng katêdha, botên watawis dangu badanipun lajêng kraos botên sakeca sangêt, salajêngipun andadosakên tiwas. Ingkang jalêr ingkang tumut nêdha inggih lajêng ngraosakên badanipun botên sakeca, nanging lajêng kêtututan dipun ombèni toya dêgan ijêm, sagêd nuntak. Ingriku wontên tiyang nama Kasmidin, botên ngandêl dhatêng sababing tiwas Wanti wau jalaran nêdha ulam manyung, sisaning têtêdhan lajêng dipun têdha. Sarêng sampun sawatawis jam tiyang wau inggih sakit, ilatipun mêngkêrêt saha lajêng enggal-enggal lapur dhatêng pulisi, salajêngipun Kasmidin kabêkta dhatêng C.B.Z. Nanging salajêngipun Kasmidin ugi ngajal.

Sumur mawa gas. Ing Laan Têgalan, Mr. Cornelis, mêntas wontên tiyang nama Mian kapurih nglêbêtakên sumur ingkang asat, sumur wau lêbêtipun sampun 10 m. Nalika Mian ngêdhuk sumur, sarêng sampun nginggahakên siti sapisan ingkang dipun kèrèk minggah, lajêng botên wontên banèkipun malih. Wusana kasumêrêpan Mian sampun ngajal. Ingriku lajêng dados papriksaning pulisi, dhoktêr tuwin sanès-sanèsipun, mayit kenging kapêndhêt sarana dipun jirêt: Miturut papriksan, nglêbêting sumur wau sasampunipun kawan m wontên gasipun.

Manggih barang kina. Ing nalika wontên tindak andhudhuk siti saking Purwodadi dumugi Kudus, wontên tiyang ingkang manggih kuwali kina isi arta kina pintên-pintên atus. Kêjawi punika ugi manggih dêdamêl kina warni-warni.

____________________

[Lanjutan dari halaman 1347]

man, von Keitel, sami rêrêmbagan ing bab babagan paprangan ing Griekenland tuwin Afrika. Katingalipun wadya Inggris sagêd ngungsir wadya Italie ing Gallat, satunggiling papan ingkang langkung wigatos. Ing rumiyinipun papan ingriku punika asli anggèning ngrêbat Italie saking panguwaos Inggris, inggih punika nalika wiwit pêrang.

Wolak-waliking lêlampahan ing paprangan, botên sagêd kinintên, nanging tiyang gadhah kapitadosan, bilih tindak lêrês punika badhe dhumawah ing unggul.

--- 1349 ---

[Grafik]

Kapal Itali kêkalih, ingkang dipun rêmuk ing montor-mabur pambucal bom Inggris, kapal wau sirna kêrêm ing sagantên.

Nglênggahi wajib. Miturut Het Nieuws, nalika ing Bêtawi wontên gladhèn L.B.D. wontên warga raad kawula kalih dipun êndhêg ing pulisi jalaran botên ngêndhêgakên autonipun ing nalika nuju wontên tandha gauk. Ingkang sami dipun êndhêg wau sami ngatingalakên bilih warga raad kawula. Wusana kalih pisan mêksa sami dipun verbaal.

RINGKÊSAN PAWARTOS SAJAWINING PRAJA.

Kêmis 21 November.

Rancangan supêkêtan (Zurich, Reuter). Ing golongan pulitik, mawas bilih tumindaking pasupêkêtanipun Rome, Bèrlin tuwin Madrid badhe ngawontênakên rancangan tigang bab, inggih punika : 1. Sagêd ugi botên dangu Jerman badhe ngêmori damêl pêrangipun Italie kalihan Griekenland. 2. Jerman badhe arekadaya rakêtipun yêktos kalihan Italie, Prancis tuwin Spanyol. 3. Jerman badhe pitados dhatêng kayêktèning rêmbagipun Spanyol tuwin nagari-nagari Eropa kidul-wetan ing bab badhe wontêning prajanjianipun nagari têtiga.

Pabrik Skoda dipun rêmuk (Londen, Reuter). Ministêr babagan gêgana Inggris martosakên, bilih panêmpuhipun R.A.F. wontên ing Jerman sagêd nggêmpur pabrik-pabrik Skoda ingkang misuwur ing Pilsen, gudhang obat tuwin sanès-sanèsipun ing Bèrlin, kadosta pabrik-pabrik kapal, palabuhan ing Kiel tuwin ing Hamburg, punapadene Bremerhaven. Ing pundi-pundi katingal latu ngalad-alad tuwin jêblosan tanpa kèndêl. Nalika nêmpuh pabrik lisah tiron ing Gelsenkirchen, pinanggih nglêgakakên. Makatên ugi nalika nêmpuh Hamburg sagêd ngrêmuk têlêng kakiyatan lestrik ingkang adamêl karisakan agêng. Kajawi punika ugi nêmpuh palabuhanipun lèpèn Duisburg tuwin Ruhrort, papan sêsambêtanipun margi sêpur saking Bermen dhatêng Berlijn, babagan marine ing L'Orient tuwin palabuhan Barfleur.

Griek majêng dumugi laladan Aoos (Athene, Reuter). Kawartosakên, wadya Griekenland ingkang dipun biyantu ing motor-mabur sagêd ngangsêg dumugi laladan lèpèn Aoos.

Motor-mabur pambujêng Inggris ngrêmuk motor-mabur mêngsah (Londen, Reuter). Miturut wartos opisil, motor-mabur pambujêng Inggris ing Griekenland, sagêd ngrêmuk motor-mabur Italie 9. Ingriku wadya Italie saya kêdhêsêk.

Wadya Albanie madêg malih (London, UP). Radio Ankara nggiyarakên wartos, bilih wadya Albanie, sami mangangge kaprajuritan kados kala taksih rajanipun, inggih punika Raja Zogu ingkang sampun dipun ungsir dening Italie, katingal jumêdhul wontên sawingkinging pabarisan Italie, salajêngipun sagêd malêbêt dhatêng Progradet saha ngrisak tèng lisah pintên-pintên.

Campuh wontên sanginggiling sagantên pasir (London, Reuter). Miturut wartos saking ministêr gêgana Inggris, wontên motor-motor-mabur pambujêng R.A.F. saking Australie tumut nalabung wontên sanginggiling sêgantên pasir Afrika kilèn, sagêd unggul. Wontên malih mator-mabur R.A.F. Australie ingkang nuju rundha kêpapag motor-mabur Italie 5 sadaya sami kadhawahakên. Motor-mabur R.A.F wontên satunggal ingkang lajêng mandhap, nanging ingkang nglampahakên wilujêng.

Sandening pangajêng-ajêng rukun (Tokio, Reuter). Golongan Jêpan ing Shanghai kêndho pangajêng-ajêngipun anggèning badhe rukun kalihan parentah pusêr ing Chungking. Ingkang makatên punika sagêd ugi Jêpan lajêng angakêni adêging parentah W.C. Wei wontên ing wulan punika utawi wêkasaning wulan December ngajêng punika. Mênggah kajêngipun Jêpan anggèning ngangsêg ngajak rukun punika pêrlu badhe ngrikatakên anggèning badhe nandhatangani prajanjian botên têmpuh-tinêmpuh kalihan Sovyèt. Tamtunipun bab punika Jêpan inggih lajêng badhe suka sumêrêp dhatêng Ruslan.

Bêbaya alam ing Jêpan (Maebashi, Domei). Kala malêm tanggal 20 wulan punika, ing laladan Gumma ingkang sakalangkung jêmbar, jawah salju sakalangkung dêrês. Anyarêngi punika rêdi Assama ngêdalakên kukus saha lajêng kasusul ing jêblosan ingkang dangunipun ngantos satêngah jam, swaraning jêblosan ngantos tundha-tundha. Miturut wartos saking Tokio, ing laladan Tokio lèr dumugi pulo Miyagi jam-jam ngantos sami kèndêl, têtiyangipun ingriku sami mêdal saking nggriya. Danguning lindhu ngantos kalih mênit. Miturut papriksan ing Observatorium aslining lindhu saking sêgantên têngah, antawis 30 km saking provinsi Iwate, kaprênah wetan.

Watês Tiongkok Indo-China katutup (Chungking, Reuter). Kawartosakên, pangagêng Tionghoa andhawuhakên nutup saindênging watês Tiongkok kalihan Indo-China, wiwit tanggal 19 wulan punika. Sawarnining pos tuwin tiyang botên kenging anglangkungi watês. Sêrat palilah malêbêt utawi langkung ugi kawontênakên. Mênggah sababipun katutup botên kacariyosakên utawi botên wontên wara-wara opisil.

Jumuwah 22 November.

Wêdhar sabdanipun Nata Inggris (London, Reuter). Ing tanggal 21 wulan punika ata Inggris sampun ambikak parlement enggal, ingkang dipun sarirani piyambak, tindak nata ingkang makatên punika kadosdene dados pasêmon dhatêng sawarnining katêntrêman tumraping nata tuwin rayatipun, inggih atêgês têtêping sawarnining kawontênan.

Tindak Nata sakalihan Pramèswari Elizabeth nitih krêta anglangkungi margi-margi ingkang karisakan jalaran dipun bom ing mêngsah.

Wêdhar sabda Nata ing kala punika kanthi swara têtêp, wontên ingkang kawêdhar makatên :

Rayat kula sadaya tuwin kanca-kanca kula supêkêtan sampun sami saiyêg anglajêngakên nanggulangi panêmpuhipun mêngsah, ngantos dumugining kamardikan malih. Manawi sampun kalampahan makatên, para rayat ingkang rumaos mardika, lajêng sagêd tumindak ing damêl sêsarêngan adhêdhasar kamardikan ingkang pantês tuwin manggih kaadilan sociaal.

Kula gadhah kapitadosan agêng, badhe manggih unggul ing jurit.

--- 1350 ---

WAOSAN

SINBAD

6)

Sarêng sampun dumugi têngah-têngahing sêgantên, gèthèk manut salampahing angin sarta toya, kabêkta ing sapurug-purugipun, sangêt ing prihatos kula, angajêng-ajêng kadadosanipun awak kula sadaya. Sarêng tatas raintên, gèthèk kasêntor dhatêng ing pulo, kula sakanca abingah-bingah sami mêntas. Wontên ingriku kula amanggih wowohan eca-eca, kula têdha amurih amulihakên bayu kula ingkang sampun ical.

Dalunipun kula sami tilêm wontên ing gisik, ananging kagèt mirêng swaraning sawêr agêng lumampah, panjangipun kirang-langkung sauwiting kurma, anyêlaki dhatêng panggenan kula, anyaut kanca kula satunggil, lajêng dipun untal. Ingkang wau inggih sangêt anggènipun bêngok-bêngok, amurih kesahing sawêr, ananging sawêr anyaut purun amulêt sarta anguntal, kula kalih sakantuning kanca kula sami lumajêng, sanajan sampun sawatawis têbih saking panggenan wau, kula inggih taksih mirêng swara sangêt. Ciptaning manah kula punika baninipun sawêr anglêpèh balungipun kanca kula ingkang dipun mangsa wau. Enjingipun kula tingali inggih yêktos, sangêt andadosakên girising manah sadaya. Kula anyêbut, ya Allah, bilai punapa, ingkang kenging kula singkiri, wingi kula sami abingah-bingah, awit sampun luwar saking panganiayaning dênawa, sarta saking pakèwêding sêgantên, ing mangke kula sami kalêbêt ing bilai malih, anyamèni kalih ingkang sampun kalampahan.

Sadangunipun kula sakanca midêr-midêr wontên ing pulo, aningali uwit agêng inggil, punika rêmbag badhe kadamêl pasipêngan kula sami anêdha wowohan, kados ingkang sampun kalampahan. Sarêng ngajêngakên dalu, sami mènèk ing uwit wau, botên antawis dangu mirêng pangakaking sawêr, amurugi panggenan kula ngantos dumugi sangandhaping kajêng, sawêr lajêng ngadêg nurut uwit, kanca ingkang manggèn wontên ingandhap kula, kenging kasaut, dipun untal, lajêng kesah.

Kula lajêng nglêmpakakên kajêng alit-alit, akalihan êri aking, kula damêl ambêthèki uwit ingkang kula sipêngi wau, nginggiling bêthèk kula sukani tutup, inggih anaman kajêng aking kalih êri wau minangka aling-aling, sarêng sampun, lajêng kula tilêmi, sanajan botên kêkirangan ing pambudi kula, sampun ngantos kalêbêt ing pêpêsthèn kang anggêgirisi, inggih ugi sangêt prihatosing manah kula. Dalu sawêr amangsuli panggenan kula, galibêtan wontên sangandhaping uwit, badhe amangsa dhatêng kula, nanging botên sagêd, amargi dipun èwêd-èwêdi ing aling-aling wau. Sadalu pisan anggènipun angangkah dhatêng kula, kados upaminipun kucing andingkik tikus, katingal wujudipun, nanging botên kenging kamunasika. Ing wusananipun, sarêng tatas raintên, sawêr kesah, nanging sadèrèngipun malêthèk srêngenge kula ajrih mêdal.

Sangat lungkrahe badan kula, awit dipun ajrih-ajrihi ing sawêr sadalu pisan, ababipun anglangkungi saking arus, ciptaning manah kula aluwung pêjah akalih dipun gêgiris makatên. Kula lajêng kesah saking panggènaning uwit sumêdya badhe anjêgur sêgantên.

Gusti Allah taksih kagungan wêlas dhatêng kula, kala badhe anjêgur ing sêgantên, kula aningali baita langkung, atêbih saking pinggir, kula angundang-undang sarosa kula, sêrban kula rucat sarta kula damêl angawe-awe, supados katingala. Wondening nggèn kula acêluk-cêluk, sarta nggèn kula ngawe-awe botên tanpa damêl, sakathahing tiyang ing baita sami aningali dhatêng kula, kapitanipun lajêng anglampahakên baita alit dhatêng panggenan kula. Sarêng kula sampun dumugi ing baita agêng, sakathahing juragan akalihan tiyang ing baita sadaya, sami ngudi anakèni dhatêng kula nalaripun nggèn kula ngantos dumugi wontên ing pulo suwêng wau. Anuntên kula anyariyosakên sakathahing lêlampahan kula. Satêlasing cariyos, kula dipun kandhani dhatêng pambêlah satunggil sampun ragi sêpuh, yèn sampun nate mirêng cariyosipun dênawa, ingkang adhêdhangka wontên ing pulo wau, kathah ingkang sampun sami sumêrêp, yèn dênawa punika amangsa tiyang, dadosa mêntahan utawi matêngan. Wondening sawêr ing pulo wau, dhasaripun kathah, yèn rintên umpêtan, bilih dalu sami mêdal.

Gusti Allah taksih kagungan wêlas dhatêng kula, kala badhe anjêgur ing sêgantên, kula aningali baita langkung, atêbih saking pinggir, kula angundang-undang sarosa kula, sêrban kula rucat sarta kula damêl angawe-awe, supados katingala. Wondening nggèn kula acêluk-cêluk, sarta nggèn kula ngawe-awe botên tanpa damêl, sakathahing tiyang ing baita sami aningali dhatêng kula, kapitanipun lajêng anglampahakên baita alit dhatêng panggenan kula. Sarêng kula sampun dumugi ing baita agêng, sakathahing juragan akalihan tiyang ing baita sadaya, sami ngudi anakèni dhatêng kula nalaripun nggèn kula ngantos dumugi wontên ing pulo suwêng wau. Anuntên kula anyariyosakên sakathahing lêlampahan kula. Satêlasing cariyos, kula dipun kandhani dhatêng pambêlah satunggil sampun ragi sêpuh, yèn sampun nate mirêng cariyosipun dênawa, ingkang adhêdhangka wontên ing pulo wau, kathah ingkang sampun sami sumêrêp, yèn dênawa punika amangsa tiyang, dadosa mêntahan utawi matêngan. Wondening sawêr ing pulo wau, dhasaripun kathah, yèn rintên umpêtan, bilih dalu sami mêdal.

____________________

Kera ingkang nyamari.

Putri : Yah, Yah, bok aja kêmayu-kêmayu, wiragamu nyamari."

Siyah : "Tiyang lagêyan kula sampun makatên, ndara."

Kakung : Sing luput kowe, la wong Siyah iku mripate pancèn kera, kok."

Siyah : "Botên ndara, namung kulina ningali gambar idhup saking ngiringan, tiyang manawi saking têngên sulap."

Putri : "Mêsthi ora sulap, pancèn kêmayu, wiragane ngera."

Siyah : "Tiyang sulap panjênêngan kok ndara."

Putri : "Wis saiki kamas yèn lênggah ana têngênku bae."

(Purnama, Wonogiri)

--- 0 ---

[Iklan]

--- 0 ---

[Iklan]

--- 0 ---

Kajawèn

No. 99, 10 December 1940

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm

--- 0 ---

[Iklan]