Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-10, #1669

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1940, #1669
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-01, #1669. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1530.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-02, #1669. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1529.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-03, #1669. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1528.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-04, #1669. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1527.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-08, #1669 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1526.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-09, #1669. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1525.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-10, #1669 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1524.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-11, #1669. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1523.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-12, #1669. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1522.

--- [1123] ---

Ôngka 81, Sla Pa, 7 Pasa, Dal 1871, 8 Oktobêr 1940, Taun XV.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Slasa lan Jumuwah

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Ing Praag - Ngungak Kabatosan Tiongkok - Bakuning Warisan - Dèwi Wara Sumbadra - Pathi Têmu Cêmêng - Wandêl Marês - Bêbaya Ngawang-awang - Sasakit Bayi utawi Lare - Babad Minggon -Kabar Warni-warni - Waosan.

ING PRAAG

[Grafik]

Rêdi Hradschin ing Cekoslowakiye. Nginggil wontên tilas puranipun nama Karlstein. Sapunika dipun ênggèni gupêrnur Jerman.

--- [1124] ---

NGUNGAK KABATOSAN TIONGKOK

(Panjurungipun Ki Pada)

Kabudayan Tiongkok.

Sampun langkung kawan atus taun anggèn kula sami sêsrawungan kalihan bangsa Tionghwa, namung kalêbêt sakêdhik sangêt sumêrêp kula dhatêng lêbêt-lêbêtanipun kabudayan tuwin kabatosanipun. Têmbung-têmbung Tionghwa ingkang rumêsêp dhatêng basa Jawi, ingkang inggih atêgês rumêsêp dhatêng pikiran Jawi, ngêmungakên prakawis padintênan, langkung-langkung bangsaning têtêdhan utawi mainan, kados upaminipun: bami, mihun, kuwaci, capcai, kong-king, pèi, capjiki, sangsêng lsp. Têmbung-têmbung ingkang mêngku pangrêtosan luhur, kenging kawastanan botên wontên. Beda kalihan anggèn kula sami sêsrawungan kalihan bangsa Hindu, Arab tuwin Walandi, ingriku kathah prakawis warni-warni ingkang njalari sugihing kabatosan Jawi.

Margi sêsrawungan kalihan bangsa Hindu, bangsa Jawi lajêng angsal têmbung budi, atma, jiwa, sukma, dewa lsp.

Margi sêsrawungan kalihan bangsa Arab, bangsa Jawi lajêng angsal têmbung Allah, hak, tokit, gaib, ngadil, nalar, fikir, wajib lsp.

Makatên ugi margi sêsrawungan kalihan bangsa Walandi têtiyang Jawi saya sugih bandha batos, botên ngêmungakên bandha kawadhagan kemawon.

Srawungipun tiyang Jawi kalihan bangsa Tionghwa, anggènipun botên sagêd lar-tinular sêsêrêpan ingkang inggil-inggil punika, têmtu kemawon kathah sababipun, namung ingkang baku jalaran srawungipun namung srawung ing jawi (bab têtumbas, nyambut arta lps), botên mawi têtangsul pasrawungan batos (sarana waosan lps).

Ananging, bab sakêdhiking dayanipun dhatêng pikiran Jawi wau, babarpisan botên kenging kangge landhêsan mastani, bilih tiyang Tionghwa punika botên gadhah bandha kabudayan ingkang inggil. Punika botên kenging babarpisan.

Bangsa Tionghwa kalêbêt bangsa sêpuh, sêpuh wontênipun, sêpuh pikiranipun. Kathah bandha kabudayan Tiongkok ingkang ngedab-edabi. Bab kagunan gêndhing, têmbang, kakidungan, kasusastran, ngukir-ukir, yêyasan griya, tata ngadat, ulah kaprajan, nggambar, kabatosan, ... sagêd adamêl cingaking jagat.

Bab kabatosan

Bandha kabudayanipun Tiongkok, botên cêkap dipun kojahakên sadintên kalih dintên, kabêkta saking kathahipun tuwin saking warni-warninipun.

Ingkang badhe kula aturakên ingriki, ngêmungakên bab kamajênganing kanalaranipun, ingkang lajêng dados pathokan paugêraning ka-

[Grafik]

Sanggar pamujan ing Pèking. Mêngku pralambang panyakuping wêkdal warni tiga: Wingi - Sapunika - Benjing. Kacakup dados satunggal, sami dene nunggil sakêplasan.

--- [1125] ---

batosan tuwin tatangadatipun bangsa Tionghwa. Punika kemawon inggih namung trimah luwung, namung wujud wawasan satleraman, botên ngêrês ngantos dumugi ing dhasar-dhasaripun.

Lampahing kamajêngan kabatosan ing Tiongkok, kados dene lampahing lèpèn, waunipun alit saya dangu saya agêng. Namung tiyang samangke sampun botên (dèrèng?) mangrêtos dhatêng babad kamajênganing kabatosan Tionghwa duk ing jaman kinanipun. Ingkang kasumêrêpan têrang namung ing jaman sêsampunipun Lao-tze kalihan Kong Hucu (CaraTionghwa Kong Fu Tze, cara Eropah dipun wastani Confucius).

Lao-tze kalihan Kong Hucu sami dene sarjana ahli kanalaran. Gêsangipun kirang langkung wontên ing salêbêtipun taun 600 sadèrèngipun Nabi Ngisa, dados sapriki sampun mèh tigang èwu taun.

Inggih sarjana kêkalih punika ingkang damêl têtalêsing pikiran, tata ngadat tuwin kabatosanipun bangsa Tionghwa. Namung ingkang kalêbêt agêng dayanipun. Kong Fu Cu; mila sok lajêng kawastanan nabinipun bangsa Tionghwa.

Ingajêng sampun kula aturakên, lampahing kamajênganipun kabatosan Tiongkok punika kados lampahing lèpèn, saya dangu saya kathah isinipun. Lao-tze kalihan Kong Hu Cu namung anglajêngakên sarta mêwahi isining lèpèn wau.

Ing sadèrèngipun Lao-Tze kalihan Kong Hu Cu, sampun wontên pamanggih ing gêgêbênganing kabatosan, inggih punika ingkang limrah kawastanan ngèlmu tao! Pamanggih punika ingkang dipun têrusakên sarta dipun rowakakên kalihan Lao-Tze tuwin Kong Hu Cu.

Ngèlmu tao.

Bangsa Tionghwa jaman rumiyin dumuginipun samangke taksih têtêp adhasar gêsang têtanèn. Prakawis têtanèn punika ingkang dados dhasaring gêsang, mila inggih lajêng dados dhasaring pikiranipun.

Sampun limrah, samukawis ingkang dados dhasaring panggêsangan punika lajêng inggih dados pancadan mêkaring kanalaranipun. Kados upaminipun bangsa Jawi tani, lajêng sagêd mangrêtos dhatêng petang lampahing mangsa. Paribasanipun inggih lajêng kapêndhêtakên panggêsanganipun, mila inggih kathah paribasan ingkang mawi "kêbo'', kados upaminipun: kêbo lumumpat palang, kêbo nusu gudèl, kêbo kabotan sungu lsp. Rèhning panggêsanganipun gêgayutan kalihan toya, inggih lajêng kathah paribasan ingkang mawi banyu, upaminipun lêbak ilining banyu, ora ana banyu mili mandhuwur, ngubak-ubak banyu bêning lsp.

Makatên ugi tumrap bangsa Tionghwa jaman samantên. Rèhning bakuning panggêsanganipun têtanèn, ingkang dados mêmanahanipun nomêr satunggal siti. Siti sagêd suka kasênêngan, manawi kapitulungan ing jawah, hawa, padhang lsp., ingkang pinangkanipun saking ing langit. Mila langit punika inggih lajêng dipun puja-puji sangêt dhatêng têtiyang Tionghwa jaman samantên, kaanggêp dados dewa ingkang luhur piyambak. Langit wau ingkang kuwaos murba wisesa manungsa, kuwaos lan sagêd mranata kawontênaning alam, kados ta lampahing mangsa, ubêng ingêring rêmbulan tuwin srêngenge lan sapanunggilanipun.

Para sarjana Tionghwa jaman rumiyin botên kêndhat-kêndhat anggènipun matitisakên kawontênaning langit. Dipun manah-manah sarta dipun nalar badhe nyumêrêpi wêwadosipun. Anggènipun maspadakakên kawontênaning alam kanthi tlatos. Botên kacêpêng piyambak, inggih kalajêngakên ing turun-turunipun. Têmahanipun lajêng sagêd sumêrêp bilih ing langit punika "wontên pranatan ingkang ajêg sarta têtêp''. Lampahing lintang-lintang, rêmbulan, surya; gantos gumantosing mangsa, inggih punika mangsa asrêp (winter), mangsa sêkar (lente), mangsa bêntèr (zomer) tuwin mangsa wowohan (herfst), inggih ajêg.

Bab ajêging kawontênan ing alam punika wau inggih lajêng dipun pramanakakên sayêktos, têmahanipun lajêng nuwuhakên pamanggih, bilih wontêning "pranatan ajêg'' punika wau botên sanès inggih saking pandamêlipun langit. Lampah ingkang mawi pranatan ajêg, ingkang pinanggih ing alam punika wau, kawastanan: Tao. Punika dêdungkapaning pamanggih ingkang kawitan.

Bablasing pamanggih wau, lajêng kaêcakakên dhatêng gêsang padintênan ingkang murakabi dhatêng panggêsanganipun. Inggih punika lajêng sagêd damêl pananggalan (pranata mangsa, petangan taun, dintên, wulan lsp).

Tao ingkang atêgês "pranatan ajêg ing alam'' wau, lajêng katlusur-tlusur malih, kagayuh karanggèh mawi pikiran, satêmah sagêd ngonangi bilih ing ngagêsang punika inggih wontên tatananipun ingkang ajêg sarta mêsthi. Bab punika badhe kula aturakên sanès dintên.

Bakuning warisan.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 80.

Kyai Agêng Sela punika, ing sakawit pancèn kagungan cipta kapengin dados luhur, sarèhne kaluhuran punika gumantung wontên panguwaos ratu, mila badhe ngabdi dhatêng ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Dêmak. Kyai agêng wau pancèn sêkti mandraguna, malêbêt dados tamtama ing ngriku mawi dipun êbên kalihan banthèng, minôngka kangge pandadaring kadigdayan. [ka...]

--- [1126] ---

[...digdayan.] Nanging bokmanawi kala samantên ragi kagungan panggalih punggung, gampilipun panyuwitanipun wau botên katampi, awit nalika kyai agêng kacipratan rahing banthèng, angendhani. Ginalih sri narendra kyai agêng ajrih ing rah, punika mênggahing caraning iksamên nama malothot.

Ingkang kados makatên wau kados punapa cuwaning panggalih, sawangsulipun saking Dêmak, kyai agêng sakalangkung botên narimah ing panggalih, awit panampik wau botên srêk kalihan kawontênanipun. Cara sapunikanipun lajêng ngorèksi awakipun piyambak. Sarêng sampun ngrêtos cacadipun piyambak, lajêng ngêtog katiyasanipun, dados botên nalôngsa utawi trimah nglokro. Tekadipun: ora kêcandhak aku, iya anak putuku. Dumuginipun Kyai Agêng Pamanahan sagêd kalampahan nyuwita ratu inggih Kangjêng Sultan Pajang, ugi kadadosakên tamtama, kaparingan lênggah ing Mataram. Lajêng nama kyai agêng wau botên beda kados Kyai Agêng Sela ngajêng.

Dumuginipun Radèn Sutawijaya, inggih Ngabèi Loring Pasar, lajêng ajêjuluk Panêmbahan Senapati ing Ngalaga, agêntosi ingkang rama wontên ing Mataram, namung panguwaosipun kemawon angungkuli ingkang rama kados panjênêngan ratu. Awit Kangjêng Panêmbahan wau mênggah kasubratanipun, ngalangkungi tinimbang ingkang rama tuwin eyang. Wusana Kangjêng Panêmbahan Senapati, pêputra Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Adi Prakosa Prabu Nyakrawati.

Makatên pamarisipun têdhak turunipun Kyai Agêng Sela, runtutan panalisir punapa bakunipun, awit ingkang dipun warisakên wau bakuning warisan ingkang gumathok, têtêsipun marisi sangu pamarsudi gêsang luhur. Saupami pangrêtosing pamarsudi wau botên tinampi ing waris, tamtu kemawon talak bratanipun Kyai Agêng Sela botên sagêd kadumugèn. Sarêng dumugining Kangjêng Panêmbahan Senapati, pamarsudinipun sangsaya sêrêng, sanajana sampun dados tiyang luhur. Kalampahaning sêdya, mêsthi kemawon sarat utawi sarananipun inggih jangkêp, jumbuhing waris kalihan ingkang marisi, sambêt-sinambêt sarta dipun taliti.

Mênggahing bibit sakawitipun, botên sanès paringipun warisan wau inggih saking kawruh, kalihan tandang grayangipun. Botên beda caranipun tiyang bôngsa kilenan, sadèrèngipun sagêd damêl sêpur utawi motor mabur, pangrêtos damêl prakawis kalih sampun wontên langkung rumiyin, sambêt-sinambêt dumugi sampurnanipun kados wontênipun ing jaman sapunika. Dene pikajênganipun bakuning warisan, botên sanès inggih maris kawruhipun, ingkang kenging kangge sanguning ngagêsang luhur. Sanèsipun sami botên baku sadaya, utawi mênggah raos-raosing waris sarta marisi, namung gumantung dhatêng ingkang paring utawi ingkang dipun paringi.

Admasêdana.

--- 1127 ---

Dèwi Warasumbadra.

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 80.

Ing ngriku rêmbagipun Radèn Somba kalihan Dèwi Warasumbadra sakalangkung wilêt, katingal bilih sang dèwi jêmbar pamawasipun dhatêng satriya ingkang badhe mêngkoni. Ing wusana sang dèwi luluh ing panggalih, lajêng kaparêng angiyani, nanging mundhut patiba sampir, parêkanipun Radèn Pamadi, nama Dèwi Sulastri tuwin wangkingan pusaka Kyai Pulanggêni.

Têmbung patiba sampir punika kados atêgês paningsêt, namung sarèhning paningsêt wau tuwuh saking panêdhanipun calon pangantèn èstri tuwin wujudipun ingkang dipun têdha wau anèh, ing ngriku lajêng katingal anggèning mêngku kajêng lêbêt. Ing bab patiba sampir Dèwi Sulastri, amêngku kajêng dhauping pangantèn sagêda pinanggih Jaka Rara. Dene bab Kyai Pulanggêni, ing ngriku kawêca, sintên ingkang kanggenan Kyai Pulanggêni, badhe nurunakên nata ing tanah Jawi. Nanging wêca nurunakên nata, punika mênggahing kanalaran, ragi wontên pêtêngipun. Namung ing pangintên, ing ngatasing jalêr dipun têdha dhuwungipun, punika kados pasêmon karêgêm panguwaosipun.

Lêpasing panggalihanipun Dèwi Warasumbadra ingkang samantên wau ngatingalakên bilih wanita punika pancèn rêmit kabatosanipun, dados punapa tindakipun ingkang dhêdhasar kaalusan, punika katumamanipun dhatêng jalêr langkung aningsêti. Makatên malih, kaalusaning wêwatêkaning Dèwi Warasumbadra punika katêbihakên dhatêng tindak lêpat, kados Radèn Pamade, kaping pintên kemawon anggèning ngangkah guguring panggalihipun Dèwi Warasumbadra, botên nate dumugi, pinanggihipun malah namung damêl ajrihipun Radèn Pamadi. Sampun malih tindak ingkang linampahan kasamar, sagêda dumugi utawi tinampi ing kaalusanipun Dèwi Warasumbadra, sawêg ucap ingkang anggêpok dhatêng Radèn Pamade kemawon, sintên ingkang ngucapakên lajêng dipun satru. Ing ngriku lajêng katingal, bilih kabatosanipun Dèwi Warasumbadra dhatêng Radèn Pamade punika wontên, nanging kasusilan angawisi ngucapakên.

Dumugining titimôngsa, inggih punika sasampunipun cakêt dhaup, Dèwi Warasumbadra tampi wulang saking Prabu Krêsna ing bab wulang èstri winêngku ing kakung. Saèstunipun ing bab wulang punika tumrapipun Dèwi Warasumbadra sampun asarira papan, cocog isi kalihan wadhahipun, sae sami sae.

Diwasanipun, anggènipun palakrama Dèwi Warasumbadra ering-ingeringan, wêngku-winêngku, dhêdhasaring kasusilan ajêg dipun sarira, tuwin sarèhning kasulilan punika sajatosipun bênêr, kalamangsanipun wontên êruning jêjodhoan, Dèwi Warasumbadra tansah dhawah unggul. Ing nalika kalampahan Srikandhi [Sri...]

--- 1128 ---

[...kandhi] maguru manah, jalaran saking sêrênging pabên, Dèwi Warasumbadra ngantos kawêdal pangandikanipun: lah enggal dika ulihna, awak kula mring nagri Dwarawati. Têtêmbungan makatên wau ing ngatasing wanita nama sampun kêkêtogan, nanging kasusilanipun taksih dipun gêgêgi, têgêsipun, Dèwi Warasumbadra botên karsa kondur dhatêng Dwarawati piyambak.

Wontên malih lampahan ingkang langkung sêrêng, inggih punika lampahan Sumbadra dados jalêr, punika mênggahing kajêngipun namung ngatingalakên unggulipun Dèwi Warasumbadra tuwin kasoranipun Radèn Janaka ing bab lêlêrêsan, ing pawayangan ngantos dipun gambarakên èstri apangawak jalêr.

Dados wos-wosipun, kawontênanipun Dèwi Warasumbadra punika satunggiling wanita ingkang asarira kautamèn, dhêdhasaripun lêrês tansah dhumawah ing unggul.

Ha.

Pathi Têmu Cêmêng.

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 78.

Sasampunipun makatên, pathi ingkang kantun ing wadhah wau lajêng dipun êsoki toya rêsik malih kapara kathah, nuntên dipun kêbur, supados dhêdhak utawi toyanipun têmtu ingkang raosipun pait tuwin anggônda langu, saha rêrêgêd sanèsipun ingkang sagêd kumambang ingkang taksih campur kalihan pathi lajêng sagêd pisah kalihan pathi awor utawi kumambang ing toya. Lajêng dipun ênêpakên malih. Manawi pathi sampun mênêp, toyanipun kalimbang malih. Patrap kados makatên punika ugi katindakna marambah-rambah, ngantos toya jog-jogan wau, bilih pathi sampun mênêp taksih panggah bêning, bilih kadilat sampun botên karaos pait saha sampun botên anggônda langu, punika pratôndha manawi pathi sampun rêsik.

Manawi pathi sampun mênêp sadaya, toyanipun dipun iling lon-lonan. Pathi lajêng dipun pêndhêti, kawadhahan ing mori rêsik, lajêng dipun gandhul-gandhulakên, supados toyanipun sagêd atus saèstu. (Patrap makatên punika bilih anggènipun mathi namung sakêdhik, manawi kathah sangêt lajêng dipun êpe ing tampah kalèmèkan mori).

Bilih pathi sampun mêmêl lajêng dipun kêpyari (waunipun taksih prongkalan) dipun lêmbatakên saha dipun êlèr ngantos garing saèstu. Sampun kasêsa kasimpên ing wadhah tutupan rumiyin bilih dèrèng garing sayêktos, awit lajêng sagêd agônda kêcing utawi lajêng jamurên.

Manawi sampun dados pathi, lajêng môngsa borong ing sakarsa anggènipun badhe ngolah. Para ahli ngolah dhêdhaharan tamtu botên badhe kewran malih.

Wusana manawi wontên tuna-dungkaping atur nyuwun gunging pangaksami.

B.S.

--- 1129 ---

Wandhêl Marês.

II

Sêmar : Cêkak aose, wandhêl mayês kuwi tumraping kowe, mung kok anggêp bangsaning isêng-isêng, dadi mèh padha karo dhangsah.

Garèng : Hêk, Êh, Ma. Kacèke, nèk dhangsah ana ing jêron omah, barêng wandhêl marês ana ing dalan gêdhe lan dhilarang kêras nyêkêl bangkekan. Kajaba kanggo sênêng-sênêng, tumrap aku iya tak anggo sinau ngèlmu manungsa.

[Grafik]

Sêmar : Kapriye gênahe.

Garèng : Yaiku nyinau wujud lan kaananing manungsa. Nèk pinuju mandhêl marês kuwi, lumrahe sêgala bangsah ana, ana sing akulit putih, irêng, abang, biru, kuning, ijo. Banjur wêwangunaning awake utawa wujude iya warna-warna bangêt. Ana sing kaya Janaka, awake alus, mêrit, wêtênge nglêmpèt, tandang-tanduke lêlêr-lêlêr. Ana sing ablêgug kaya kowe. Wêtênge amblotrong kaya gênthong. Ana sing wanguning awake kaya bêdhug Puwarêja, saking okèhe gajihe. Cêkake warna-warna bangêt Ma. Kêjaba porême, tandang-tanduke iya beda-beda. Ana sing sajak kêmasêr bangêt, utawa gêmagus bangêt. Ana sing klunthuh-klunthuh, sajak angrumangsani asore utawa cilike.

Petruk : Ora, Kang Garèng. Sinau kaya ngono kuwi, arêp kok ênggo apa.

Garèng : Kawruh jare, dikandhut ora anggrênjêl, dibuang ora kêmrosak.

Sêmar : Anu, Rèng. Nèk prakara sênênge, wandhêl mayês kuwi pancèn sênêng tênan. Aku bae, uwong uwis tuwa, mêksa krasa pating grêgêl atiku. Saya yèn tumon barang sing heibat-heibat kae. Mung bae, mêksa durung bisa pol tênan sênêngku. Pancène ênggone arak-arakan kiye nganggo gamêlan, aja nganggo mungsik. Kêjaba ana ing rasa bisa mathuk bangêt, iya ngiras kanggo ngluhurake kagunan Jawa.

Garèng : Wah, iya, Ma, mupakat bangêt. Kapenake nganggo pasindhèn apa ora.

Sêmar : Nganggo, loro apa têlu, dipilihake sing kêmranyas swarane, karo sing rada gonas-ganès.

--- 1130 ---

Petruk : We hlah, ... kêbanjur-banjur ... kiye.

Garèng : Mêngko dhisik, Truk. Tak tutugne lèhku ngladhèni kyaine. Anu, Ma. Aku kowe kudu nulad para nonoman sing modhèrên bangêt kae.

Sêmar : Iyah, mundhak diarani kêbo nusu gudèl.

Garèng : Witikna, hla wong nyatane kalah modhèrên, apa ora gêlêm anjaluk tutur.

Sêmar : Iya, manut. Kapriye.

Garèng : Para nonoman sing uwis modhèrên bangêt, kuwi jarene nèk padha srawungan prèi bangêt. Lanang wedok gulêt, tur supêkêt, ananging ... jarene ... ora papa bangêt. Ing sajroning padha sêsrawungan, jarene ana sing nganggo ngarang - basa kacu, basa driji, basa lambe, basa mripat, ensoprut.

Sêmar : Alkamdulilah. Sajêgku urip, lagi sapisan kiye krungu basa kaya ngono kuwi. Apa uwis ana pramasastrane, Rèng.

Garèng : Uwis, sing durung ana Bausastrane. Sing uwis tak sêtidhi basa lambe karo basa jriji. Olèhku nglêboni kursus ngantèk pirang-pirang sasi, saiki uwis olèh dhêklomah.

Sêmar : Upamane kapriye.

Garèng : Sing gampang upamane ngene. Lambe umêd-umêd, jêmpol têngên dijêngatake, têgêse - acht uur - Hongkoe-huis - Pasar Baru - wutuhe mêngko jam wolu mênyang ôngka eis ing Pasar Baru. Upamane aku saguh, lambeku tak perodake, têgêse: olrait - babuh. Nèk ora saguh, lambeku tak pêpucokake, têgêse: portemonnaie - plat karêpe: dhompète uwis anggêmbos, aliyas ora duwe dhuwit.

Sêmar : E, E, toblas, toblas. Hla kok warna-warna têmênan isèn-isèning ngalam donya kiye. Nèk nganggo basa lambe kuwi, apa ora bisa kêbanjur umêd-umêd sênèwên.

Garèng : Hla rak nganggo diêrem. Saiki ngene, Ma. Sajroning wandhêl marês kiye bêcike iya nganggo basa Rusiyah. Rèhne kowe uwis anggawa têkên pênjalin, prayoga nganggo basa têkên bae.

Sêmar : Wèh, Iya, Rèng. Coba tak karange pramasastrane. Uwis kêcandhak. Ngene, Rèng. Anggêr aku ngoyag-oyag têkên, têgêse: êmpun sayah, kok, mas. Têkên mumbul têgêse: bok ampun sêmbrana. Têkên tak obat-abitake, têgêse: aku ngêlak, anjaluk grinsêpot.

Petruk : Uwis, Ma, uwis, mundhak nyampluk uwong liwat. Sabênêre, wandhêl marêse Kang Garèng kuwi mau, wandhêl marês ora gênah bangêt.

--- 1131 ---

[Iklan]

--- [1132] ---

BÊBAYA NGAWANG-AWANG.

(Sambêtipun K. No. 80).

Griya ing jawi kitha, kadamêla murih botên sagêd kalêbêtan gas.

Murih yèn wontên punapa-punapa sampun siyaga, prakawis griya-griya ing sajawining kitha (cakêt) prêlu karêmbag gêgayutan kalihan bêbaya gas. Gas punika ugi sagêd katut angin ngantos têbih saking papan dhawahipun bom gas. Sampun kathah katatalanipun, nggumunakên.

[Grafik]

Yèn badhe jagi-jagi ing mangsa kathah bêbaya saking gêgana, griya kampung, ing jawi kitha kenging kadamêl supados gas botên sagêd lumêbêt. Griya gêbyog utawi gêdhèg, kenging dipun damêl brukut, upaminipun sarana dipun popok kapur. Panggenan ingkang pating cromplong kenging dipun rapêti mawi dlancang utawi mawi barang sanès. Ewasamantên tiyang-tiyang kêdah ngèngêti, yèn wontên bom njêblos ing sacêlakipun sagêd ugi kêsuking hawa murugakên wontên bolong-bolong malih.

Kajawi punika sabên tiyang sagêd nyingkiri bêbaya gas sarana ngangge topèng gas.

Topèng gas.

Tiyang mawi topèng gas punika marginipun ambêkan botên kalêbêtan gas (lan mripatipun) botên kenging gas, jalaran cangkêm, irung lan mripat katutupan topèng, dados inggih botên senggol hawa saking jawi.

Hawa ingkang kangge ambêkan dipun saring rumiyin mawi bumbungan panyaring, dipun icali gasipun ingkang murugakên botên sae (gambar No. 20 lan No. 21).

Hawa ambêkan mêdal, wêdalipun nglangkungi pèntil (gambar No. 22).

Tiyang ngangge topèng gas dangu wontên ing hawa kaworan gas, utawi wontên pandhêlikan ingkang sagêd kalêbêtan gas, punika botên punapa-punapa.

Yèn wontên mosterdgas kadospundi?

Yèn sampun ngangge topèng gas, sawarnining gas, dalah mosterdgas pisan botên sagêd nlêsêp dhatêng isinipun bumbungan panyaring.

Ewadene, yèn namung ngangge topèng gas mosterdgas taksih mbêbayani, prakawis punika kula sadaya ngrêtos.

Mosterdgas botên mbêbayani tumrap perangan ingkang katutupan topèng, nanging mbêbayani tumrap perangan sanès-sanèsipun, mêmpan ing kulit utawi daging.

Yèn wontên mosterdgas tiyang-tiyang kêdah pados pangungsèn, kajawi yèn mawi pangangge ingkang mosterdgas botên sagêd têmbus. Pangangge makatên punika tiyang limrah botên dipun sadhiyani. Mila prayoginipun inggih ngungsi dhatêng pandhêlikan ingkang botên sagêd kalêbêtan gas utawi sak botên-botênipun kêdah kesah saking panggenan ngriku.

Ing nagari pundi kemawon topèng gas kathah ingkang sade. Ing tanah Indiya inggih sampun sêdhiya. Tumrap brayat ingkang agêng yèn badhe numbasakên tiyang sabrayat (kawêwahan rencang-rencang) ing salêbêtipun jaman rêja pancèn inggih kathah ingkang awang-awangên; nanging ing mangsa kathah bêbaya saking gêgana têmtunipun kathah ingkang sami badhe tumbas. Satunggal rêgi f 4.-.

Ing andharan candhakipun punika kula sadaya badhe sumêrêp yèn gêgayutan kalihan bêbaya plêtikan pêcahan bom lan kabêsmèn, Pamarentah anggènipun damêl rêrigên tumrap sawatawis panggenan ragi beda, prêlu kangge nanggulangi bêbaya gas tumrêp tiyang ingkang griyanipun adhakan cêlak bêbaya tuwin ingkang botên gadhah.

IV. Rêrigênipun Pamarentah.

Ing salêbêtipun jaman rêja, Pamarentah (dhinês panjagèn ngawang-awang) sampun damêl rêrigên, yèn wontên lurugan mêngsah mêdal gêgana badhe katindakakên makatên:

Têngara bêbaya.

Manawi kintên-kintên badhe wontên bêbaya, pangagênging dhinês panjagèn ngawang-awang suka sumêrêp dhatêng tiyang kathah yèn badhe wontên mêngsah dhatêng ndhawahakên bom, anggènipun suka sumêrêp mawi gauk miwah kênthongan. Gauk wau pamasangipun wontên ing pundi-pundi ing papan ingkang inggil, sarta sampun kacobi, tiyang kathah sagêd mirêng.

(Wontên lajêngipun).

--- 1133 ---

SÊSAKITIPUN BAYI UTAWI LARE

saking R. Soemadirdja, Ind. Arts, Ungaran.

(Sambêtipun K. No. 79).

Mripat.

Botên prêlu kula aturakên, mripat punika tumraping tiyang kalêbêt banda agêng. Mila sampun samêsthinipun manawi kajagi kawilujênganipun.

Bayi mêtas lair, sagêd tumuntên kêtaman sêsakit mripat, jalaran kenging rêrêgêding biyungipun. Manawi rêrêgêd wau botên wontên wisanipun sêsakit, inggih botên ngantos mbêbayani. Dipun rêsiki sarta lajêng dipun kakomprès mawi boorwater kemawon lajêng sagêd ènthèng, tumuntên saras.

Ananging manawi biyungipun gadhah sêsakit nular, upaminipun druiper, punika sagêd lajêng njalari sêsakit druiperoog dhatêng jabang bayi, kalêbêt sêsakit ingkang mutawatosi sangêt.

Sakit mripat kados makatên punika, tuwuhipun sasampunipun bayi umur 3-4 dintên. Mripatipun katingal abuh, pinggiring tlapukan abrit sarta ngêdalakên rêrêgêd jêne (nanah). Tlapukanipun tumutup rapêt botên sagêd mênga piyambak. Manawi wontên bayi kados makatên, prayogi enggal-enggal ngaturi dhoktêr utawi dipun priksakakên dhatêng dhoktêran. Manawi ngantos kasèp sagêd njalari cacad utawi wuta.

Dene pangupakaranipun, sabên lêt ¼ jam, mripating bayi wau dipun rêsikana mawi kapas ingkang sampun kaêkum ing toya sublimaat 1/5000 utawi sanèsipun, supados nanahipun botên ngêndhong wontên ing mripat.

Caranipun ngrêsiki makatên. Driji panuduh kiwa dipun dumukakên ing pipi sangandhaping mripat, lajêng kapênêtakên mangandhap sawatawis, mbênggang tlapukanipun ngandhap, mripat lajêng sagêd mênga. Manawi abuhipun sangêt, dipun bênggang saking ngandhap botên kenging, inggih lajêng kabênggang saking nginggil. Driji kiwa kadumukakên ing sangandhaping alis, jêmpolipun kadumukakên ing sangandhaping mripat, lajêng kapiyakakên kangge mbênggang mripat wau. Sasampunipun makatên, jêmpol kalihan driji panuduh têngên mêndhêt kapas ingkang sampun dipun kum ing sublimaat 1/5000. Kapas wau dipun pènèt (dipun pêrês), toyanipun kantun ing wadhah toya sublimaat, kapukipun dipun angge ngrêsiki sarana katutul-tutulakên, botên kenging dipun usap-usapakên.

Kapas ingkang sampun kangge lajêng dipun bucala ing wadhah ingkang sampun kasudhiyakakên. Sampun ngantos kabucal saênggèn-ênggèn. Manawi mripat taksih rêgêd (wontên nanahipun) anggènipun ngrêsiki kenging dipun kaping kalihi. Mangke lêt ¼ jam dipun rêsiki malih.

Saupami dipun bênggang botên sagêd mênga kabêkta saking lunyu, lajêng mêndhêta kain gaas, kaêclup ing sublimaat wau, lajêng kapêrês, katumpangakên wontên ing tlapukan, tumuntên kabênggang kados ingkang kula aturakên ingajêng, têmtu lajêng mênga.

Manawi sirahipun gobag-gabig, katumpangana epek-epek, supados kèndêl.

Manawi sampun rêsik saèstu sawêg kenging dipun tètèsi jampi. Dene anggènipun njampèni enjing sontên.

Kapuk tilas kangge ngrêsiki kêdah lajêng kabêsmi. Tanganipun ingkang ngrêsiki utawi ingkang nggêpok kapuk wau inggih kêdah lajêng dipun wisuhi mawi sabun ngantos rêsik saèstu, lajêng kaêlap ing andhuk ingkang mligi kangge punika kemawon.

Sêsakit mripat kados makatên punika kenging dipun kawekani, utawi dipun cêgah, sarana dipun jampèni miturut pitêdahipun Dr. Crede. Bayi lair, sasampunipun dipun dusi, lajêng dipun rêsiki mripatipun mawi kapas rêsik, tumuntên dipun tètèsi protargol 2%. Manawi enjingipun mripatipun ngêdalakên rêrêgêd, sanajana botên abuh prayogi dipun tètèsi jampi malih. Tiga utawi kawan dintên, manawi sampun botên ngêdalakên rêrêgêd inggih sampun, botên kenging dipun jampèni malih.

Manawi ingkang sakit namung sasisih, tilêmipun bayi kairingakên dhatêng ing sisih mripat ingkang sakit, supados rêrêgêding mripat ingkang sakit wau botên ndlèwèri mripat ingkang saras. Dene manawi mripatipun sampun botên ngêdalakên rêrêgêd, tilêmipun inggih kenging kalumahakên.

(Wontên lajêngipun).

[Iklan]

--- [1134] ---

Jendral Mayor Itsuo Ishimoto

[Grafik]

Inginggil: Tatacara Jêpang anggènipun nyêmbahyangakên jiwa ingkang sampun kapundhut dhatêng ingkang Kuwaos. Gambar punika nalika nyêmbahyangakên jendral mayor I. Ishimoto, wontên ing patamananipun kongsul jendral ing Bêtawi.

[Grafik]

Kiwa: I.M. Ministêr Kobayashi nalika nguntapakên lampahing layon.

[Grafik]

Ingandhap: Para warganing utusan Jêpang sami nguntapakên layon.

[Grafik]

Ingandhap kiwa: Lampahing layon, mawi kaurmatan cara militèr.

[Grafik]

Swargi Jendral Mayor Itsuo Ishimoto.

Sampun kawartosakên kala tg. 28 Sèpt. Kolonèl wadyabala Jêpang I. Ishimoto ingkang kabantokakên dhatêng utusan Jêpang, tilar donya wontên ing griya sakit Borromeus ing Bandung, margi sakit dadakan. Dalunipun layon lajêng kabêkta dhatêng ing Bêtawi, wontên ing griyanipun kongsul jendral Jêpang kasêmbahyangakên mawi tata cara Buda. Salajêngipun lajêng dipun tunu (dipun bêsmi). Lampahipun dhatêng kerkhof mawi ingurmatan cara militèr pangkat jendral mayor, margi ngajêngakên ajalipun kolonèl wau kawisudha dados jendral mayor dhatêng panjênênganipun Nata ing Jêpang minangka pakurmatan kathahing lêlabêtanipun dhatêng nagari. Awunipun tumuntên badhe kakintunakên dhatêng ing Jêpang.

--- [1135] ---

BABAD MINGGON, 22 Sèptèmbêr - 5 Octobêr.

Jerman-Italie-Jepang sampun damêl prajanjian enggal. Wiraosing prajanjian, cêkak aos, praja têtiga wau sami akên-ingakênan anggènipun nêdya dados panuntun mbangun tatananing jagat. Jerman-Italie wontên Eropah, Jepang wontên ing Asia-Agêng. Tiga-tiganipun sami dene sanggêm purun tulung-tinulung babagan pulitik, ekonomi tuwin militèr. Danguning prajangjian 10 taun, kenging dipun ulur malih.

Sampun limrah, ugêr wontên nagari agêng damêl prajanjian kados makatên punika, nagari sanès-sanèsipun, langkung-langkung ingkang sêsangkutan kalihan nagari-nagari wau, lajêng sami nglairakên pamanggih sarta nêtêpakên sikêpipun.

Alandhêsan ungêling pawartos tilgram ing salêbêtipun minggu wingi, swaranipun nagari-nagari ingkang sêsangkutan, kenging karingkês makatên:

Jerman girang gumujêng. Kawulanipun dipun arêm-arêmi, bilih samangke Jerman sampun botên prêlu kêsêsa nggêbag Inggris sarta botên prêlu pêrang rêrikatan kados rancanganipun sakawit, sanajan anggènipun nyumênèkakên panggêbagipun dhatêng Inggris punika sajatosipun margi pasudhiyanipun dipun obrak-abrik R.A.F.

Bakda damêl prajanjian, Jerman lajêng sêngkut anggènipun pados kanca malih. Sêpanyol dipun êluk-êlukakên, supados purun tumut mbangun Eropah enggal sarana lumêbêt ing nagari Indhên, mangun prajangjian Jerman-Italie-Sêpanyol.

Kêjawi badhe ngrangkul Sêpanyol, Jerman inggih ngêmpakakên daya dhatêng Ruslan murih rukun kalihan Jepang. Von Ribbentrop kawartos sampun glibat-glibêt badhe (sampun?) martamu dhatêng Moskou.

Italie giyak gambira. Bakda damêl prajanjian, Mussolini bikak swara gumlêgêr, nyariyosakên manawi manunggilipun wadya lautan Italie kalihan Jepang, gunggung kêmpalipun lajêng dados wadya lautan ingkang agêng piyambak sajagat rat. Lampahing pulitikipun têrus kêkinthil Jerman, inggih punika tumut ngêluk-êlukakên Sêpanyol. Sêranno Sunêr sasampunipun rêrêmbagan kalihan Berlin lajêng dhatêng Rome, sinuba sinugata agêng-agêngan. Miturut cariyosipun United Press, Mussolini nayogyani sangêt dhatêng sêdyanipun Sêpanyol badhe nguwaosi Morokko-Prancis tuwin nêdha wangsulipun Gibraltar. Têmtu kemawon mawi janggêlan, inggih punika manawi Sêpanyol purun tumut Jerman-Italie.

Jepang gumrêngsêng, nanging katingal anggènipun mrihatosakên kawontênaning ekonominipun. Bakda damêl prajanjian, Panjênênganipun Nata ing Jepang lajêng suka nawala dhawuh dhatêng rakyat sadaya, nêdahakên wigatosing prajanjian wau, Prins Konoye, nayaka wrêdha, lajêng sêsorah radio, nêrang-nêrangakên wigatosing prajanjian sarta nêdha dhatêng rakyat sadaya ênèm sêpuh sugih miskin samia purun nyanggi bot repoting nagari.

Matsuoka, nayaka sajawining praja, nêrangakên bilih wontêning prajanjian wau prêlu kangge ngawekani sampun ngantos jagat tansah ginora goda ing papêrangan. Miturut katêranganipun juru sabda ing kanayakan sajawining praja, (Domei tg. 30), sanajana Jepang sampun damêl prajanjian kalihan Italie-Jerman, namung ing bab papêrangan ing Eropah samangke punika, Jepang taksih têtêp "botên tumut-tumut.''

Sêmunipun Jepang gumrêgêd sangêt anggènipun tata-tata babagan ekonomi. Kêjawi sampun ngintunakên utusan dhatêng Indonesia, Jepang ngintunakên utusan mirunggan malih dhatêng Indo-China, Indonesia tuwin Oceanie, kawartos inggih badhe rêrêmbagan prakawis dagang (anggènipun dhatêng Indonesia bokmanawi namung mampir).

Sêpanyol botên katingal gambiranipun, botên katingal kuwatosipun. Miturut ungêling s.s.k. Sêpanyol, bab lampahipun Sênnaro y Suner dhatêng Bèrlin tuwin Rome punika, têtiyang Sêpanyol piyambak botên mangrêtos dhodhok sèlèhipun. Lêrês wontênipun samangke Sêpanyol sampun non-belligerent (botên netral, namung punapa lajêng tumut nggêbyur dhatêng payudan, punika inggih taksih pêtêng.

Sawênèhing golongan ing Sêpanyol, pancèn inggih wontên ingkang gadhah idham-idhaman nêdya nguwaosi Marokko-Prancis tuwin Gibraltar, namung Jendral Franco piyambak wartosipun pancèn niyat nyingkiri papêrangan bêtèkipun badhe mulih-mulihakên nagarinipun rumiyin. Kêjawi punika, nagari-nagari Amerika Latin (ingkang sami tumut pêrang ngrencangi jendal Franco) inggih sami tumut nggondhèli Sêpanyol sampun ngantos tumut pêrang.

Kala tg. 5 Oct. sampun wontên wartos saking ing Rome, nyariyosakên manawi Sêpanyol taksih têtêp non-belligerent.

Ruslan botên nyuwara. Prajanjian majêng tiga wau tumrap Ruslan namung kaanggêp pangejawantahipun prajanjian anti-komintern, namung wontênipun samangke ingkang kataman sangêt Amerika kalihan Inggris. Sawênèhing korèspondhèn s.k. Amerika ing Moskou nyariyosakên manawi kalangan pamarentah Moskou sami sujana dhatêng pajanjian majêng tiga wau. Kathah ingkang gadhah pamanggih yèn pawingkingipun prajanjian wau inggih badhe kangge mênthung Ruslan. Mila Ruslan inggih namung siyaga, ngatosakên lêngên, gladhi pêrang wontên ing laladan Wladiwostok tuwin Murmansk.

Tiongkok bingah. Prajanjian majêng tiga wau saking pamanggihipun Tiongkok namung tumuju dhatêng Inggris-Amerika, mila nagari kêkalih wau mêsthi inggih lajêng purun mitulungi Tiongkok ngungkuli ingkang sampun-sampun. Antêpipun Tiongkok, sanajana wontên prajanjian kados makatên, têtêp nglajêngakên pêrangipun.

Inggris botên ngêdhap. Prajanjian majêng tiga wau namung kaanggêp gêrtak. Tumrap Jerman namung kangge ngarêm-arêmi rakyatipun lan kangge nutupi rikuhipun dene botên sagêd ngrabasa Inggris. Salajêngipun

--- [1136] ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

TANAH NGRIKI.

N.V. Carl Slieper santun nama. Ing sasampunipun N.V. Carl Schlieper dhawah panguwaosipun Parentah Tanah Ngriki, lajêng dipun santuni nama "Javasche Ijzer-en Staalhandel'', saha kacêkak tumraping telegram Javastaal.

N.V. Scheepvaart & Handel Mij. Indonesia. Bêbadan ingkang kasêbut punika mêntas ngawontênakên rêpat Comite Perbaikan Perjalanan Haji Indonesia, dipun dhatêngi ing para ingkang nggadhahi aandeel 57. Ingriku ngawontênakên rêmbag supados N.V. wau tumindak saking iguhipun Raad van Directeuren tuwin Commissarissen. Ingkang nindakakên kadhirèkturan tuwan-tuwan Mr. M. Soemardi, R. Roedjito tuwin H.M. Soedjak, commissarisipun tuwan-tuwan Dr. Soekiman, R. Soetomo, H.A.K. Moezakir, H. Abdoelhamid tuwin Mr. Kasmat. Pawitanipun f 500.000.-, ingkang sampun kapasokakên dhatêng O.L. Mij. Bumi Putra f 100.000.-.

Kenging kangge pêpèngêt supados ngatos-atos. Ing satunggiling dintên Tuwan A.Y.K. ing Bêtawi, nuju mlampah-mlampah dipun cêpêng ing bangsa Walandi criyos badhe dipun bêkta dhatêng Hoofdbureau politie, tiyang ingkang nyêpêng wau ngakên Inspecteur politie P.I.D. Sarêng wontên ing margi Walandi wau criyos manawi ingkang dipun cêpêng purun mbayar f 15.- prakawisipun botên badhe kalajêngakên. Tiyang ingkang dipun têdhani cariyos botên gadhah arta, badhe mantuk rumiyin. wusana Walandi wau purun namung dipun sukani arta ingkang dipun bêkta f 2.25. Sakesahipun Walandi wau sawêg mangêrtos manawi punika tiyang ngapusi.

Tuwan Soemijoto wilujêng. Miturut katrangan saking M. Kasan Moentalib, jaksa ing Kêdiri, putranipun ingkang nama Tuwan Soemijoto, student Lanbbouw Hoogeschool ing nagari Walandi pinanggih wilujêng wontên ing Zwitserland. Miturut katrangan, kathah student saking Indonesia ing nagari Walandi, sarêng wontên pêrang lajêng sami dhatêng Zwitserland.

Anênangi raos kabangsan. Pakêmpalan N.I.O.G. mêntas ngawontênakên parêpatan wontên ing Salatiga, ngawontênakên rêmbag: 1. Sawarnining sêkolahan sambêtan utawi têngahan, makatên ugi pamulangan andhap ingkang klas inggil, supados kawontênakên wanci ingkang têtêp kangge nyinau raos kabangsan tuwin kasêtyanipun dhatêng karajan Oranyê, danguning sinau saêjam. 2. Ingkang mulang directeur utawi kapala pamulangan, utawi tiyang ingkang dipun pilih. 3. Pamulangipun kadosdene sêsorah, wontên paklêmpakaning murid.

Mr. R. Moeljatno. Mr. R. Moeljatno, Wd. Griffier Hof voor Islamistische Zaken, têtêp dados griffier ingriku.

Ir. R.M. Notodiningrat. Jalaran saking pindhahipun directeur N.V. Solosche Hoogdruk waterleiding Ir. J.C. Doornberg ingkang kabantokakên dhatêng wadyabala golongan Genie babagan ndamêl papan anggêgana, kagêntosan Ir. R.M. Notodiningrat, ngrangkêp padamêlan inspecteur voor de technische Zelfbestuurs-diensten in de Vorstenlanden.

Tamu-tamu saking Jêpang. Dhatêngipun tamu-tamu saking Jêpan, kathah panggenan ingkang dipun dhatêngi, kados ta dhatêng Bank cooperatie "Rukun Ichtiyar'' tuwin "Himpunan Sudara'' sami ing bandung. Tindakipun papriksa wau kanthi Tuwan R.M. Margono, Inspecteur Volkscredietwezen ing Bêtawi, Tuwan R. Achmad Atmadja, ambtênar cooperatie tuwin dagang sajawining praja ing Bandung. Tamu ngamanca wau kathah pangalêmbananipun dhatêng kawontênaning damêl ing bab babagan punika.

Apêsipun tiyang utawi ingkang dipun wastani julung. Tijanna Boesoe ing Labuhan Bilik Sumatra, badhe pados ulam ing lèpèn satêngahing wana, ambêkta kanca gangsal. Nalika nuju wontên wana, Boesoe dipun tut ing sima, rumaos manawi dipun incih ing sima wau. Sarêng sontên lajêng nyêngkakakên anggèning damêl pondhokan, dipun ênggèni ing tiyang 6. Boesoe tiliêmipun manggèn ing têngah. Sarêng dalu ing pondhok ngriku dipun dhatêngi sima anggondhol pun Boesoe têrus dipun mangsa.

Natuur Historische vereeniging Surabaya. Pakêmpalan ingkang namanipun kapratelakakên punika, warganipun mêntas darmawisata dhatêng Karangkêring tuwin dhatêng Suci, kaprênah sakilèn Grêsik. Ing papan ngriku kathah guwanipun gamping, ingkang kawontênanipun kenging kangge pasinaon.

Bangke banthèng. Ing dhusun Srigon, kaprênah pasisir bawah Malang, pinanggih wontên bangke banthèng gumlethak, kêgolong agêng. Ingriku lajêng nuwuhakên pangintên bilih ing wana ngriku taksih wontên banthèngipun.

Tentoonstelling rajakaya. Kados ingkang sampun nate kawartosakên, tentoonstelling rajakaya ingkang dipun adani ing pakêmpalan Mardi Rojo Koyo, sampun kabikak, manggèn ing Grati. Ingkang rawuh anjumênêngi, tuwan gupêrnur Jawi Wetan, rèsidhèn Malang, bupati Pamêkasan, Probolingga, Malang, Kêdiri tuwin Mojokêrto. Tentoonstelling punika anggadhahi daya ngajêngakên pangingahan raja-kaya.

Olah-olahan ingkang mikantuki. Awit saking ada-adanipun golongan wanita C.O.V.I.M. ing Bêtawi mêntas mitongtonakên olah-olahan ingkang asli saking [...] wêdalan kanan keringipun Bêtawi, dipun [...] nyah ingkang wicaksana. Tindak punika [...] nyinau manawi wontên damêlipun ingkang saèstu sagêda gampil andamêl têtêdhan kanthi mayar. Ing salajêngipun C.O.V.I.M. ngawontênakên wulangan bab punika.

Stadswacht ing Ngayogya. Ing Ngayogya sampun madêg comite adêgipun Stadswacht, inggih punika Ir. E.W. Schultz. Mr. H.G. Verhoeff tuwin Tuwan D.C. Leman, sadaya wau voorzitter, Secretaris tuwin Penningmeester. Warga-warganipun: B.P.H. Poeroebojo; K.P.H. Soerjoatmodjo, R. Roedjito, Ir. K.R.T. Mêrtonêgoro, Mr. Ko Siok Hie, Tuwan Lie Giok Gak, Ir. Lim Ing Hwie, Dr. Yap Hong Tjoen, Tuwan D.F. van Wijk. Adêging bêbadan punika ngawontênakên arta f 50.000.- ingkang sapalih dipun sanggi Kasultanan tuwin Pakualaman, kêkiranganipun dipun padosakên. Golongan Stadswacht punika tiyangipun 160, ing golongan Pribumi, Tionghwa tuwin Walandi.

Suntikan cacar ing Sumatra Kilèn. Jalaran saking tuwuhipun sêsakit cacar ing Sumatra Kilèn, lajêng kawontênakên suntikan, sampun wontên kirang-langkung 100.000.

__________

Inggris saya supêkêt pamitranipun kalihan Amerika. Anggènipun mitulungi Tiongkok wartosipun badhe dipun têmênani. Sampun wontên rancangan badhe suka sambutan 500.000 pondsterling dhatêng Tiongkok. Margi Burma wartosipun inggih badhe kabikak malih ngêtrêpi ungêling prajanjian kalihan Jêpang.

Amerika katingal brêmantya. Prajanjian majêng tiga wau kaanggêp golok kaincêngakên dhatêng jantungipun Amerika. Mila inggih lajêng dipun srêmpêng anggènipun ngrêksa nagarinipun. Canada kalihan Amerika sampun ngêmpêlakên kakiyatan njagi kawilujênganipun Amerika. Pangagêng-pangagêng militèr ing nagari-nagari Amerika kidul sami dipun ulêmi dhatêng Woshington, kaajak ningali pajagèn ing Amerika. Kalangan ingkang kenging pinitados nêrangakên, yèn dhatêngipun para pangagêng prajurit wau kangge pêpucuk anggènipun nagari-nagari ing Amerika badhe saeka praya njagi buwana Amerika sadaya.

Kêjawi rêrigên kamiliteran, Amerika inggih lajêng namakakên pamêlas ekonomi dhatêng Jepang, inggih punika ngawisi export tosan lami, waja tuwin barang sanèsipun ingkang dados kabêtahanipun Jêpang.

Makatên kumandangipun prajanjian majêng tiga Jerman-Italie- Jêpang.

--- 1 ---

No. 1, 9 Januwari 1940. Taun II

EKONOMI RAYAT

NGALAMATING REDACTIE: REDACTIE EKONOMI RAKYAT p/a DEPT. ECON. ZAKEN BATAVIA-CENTRUM. KAWÊDALAKÊN SABÊN 2 MINGGU, RÊGINIPUN 6 WULAN F 0.60. TUMRAP LANGGANAN KAJAWÈN: LÊLAHANAN. NGALAMAT ADMINISTRATIE: ADMINISTRATIE EKOMONI RAYAT p/a BALE PUSAKA, BATAVIA-CENTRUM.

BAB NÊKAKAKE WIJI TÊTANDURAN LAN LIYA-LIYANE SAKA NGAMANCA

Sing sapa wis tau wêkas wiji têtanduran utawa wowohan mênyang ngamanca, mêsthi wis padha wêruh manawa kabèh mau kudu nyuwun palilah dhisik marang Pamarentah.

Apa ta prêlune, mung arêp wêkas bibit utawa wowohan bae, ndadak nyuwun palilah dhisik?

Prêlune mangkene. Kêrêp bae ana pêlêm katone saka ing jaba opik-apik, barêng dioncèki jêbul bolèrên. Ing jêrone ana kewane utawa ulêre. Ora mung pêlêm bae sing kaya mangkono iku, wowohan liyane iya sok ana. Kajaba wowohan, wiji utawa bibit iya sok ana sing ana kewane utawa ulêre. Mangka ulêr utawa kewan iki bisa njalari anane ama. Dadi iya ora nggumunake, yèn Pamarentah banjur nggalih prêlu mêruhi sakèhe wowohan utawa wiji saka ngamanca sing lumêbu ing tanah kene, prêlune kanggo njaga aja nganti tanah kene klêbon bibit ama saka ngamanca.

Bab lumêbune wiji têtanduran l.s.p. Dhirektur Ekonomische Zaken dhèk tanggal 25 October anyar iki wis gawe pranatan anyar. Kaya ora ana alane yèn pranatan-pranatan iku padha diwêruhi. Mungguh wiwite tumindak dhèk tanggal 1 November 1939. Mangkene kang dadi karêpe pranatan mau.

Wiji-wiji têtanduran kang urip, utawa perangan têtanduran saka ngamanca sing urip, iku kênane lumêbu mung saka Bêtawi, Surabaya lan Medhan (Bêlawan Dhèli).

Wiji tèh mung kêna saka Bêtawi, Surabaya, Medhan (Bêlawan Dhèli), Palembang lan Padhang.

Kang uga dadi ewone kutha-kutha kasêbut ing dhuwur mau, yaiku panggonan mudhune motor mabur ing sacêdhake kutha-kutha mau lan kang kêna dipriksa marang punggawa dhuane.

__________

ISINIPUN: Bab Nêkakake Wiji Têtanduran lan l.l. Saka Ngamanca - Wara-wara Undhaking Rêrêgan - Ndandani Urip Padinan - Indhustralisasi - Sêsuluh Marang Layang Kabar - Pitakèn lan Wangsulan - Wawasan Padagangan Asil Bumi.

__________

Nglêrêsakên kalêpatan ing E.R. no. 26 taun I. gambar kaca 202: Pasar ikan lêrêsipun: Palabuhan prau-prau ing sungapane kali Rokan, Bagan Siapi-api, Sumatra. Gambar kaca 203 lêrêsipun: wong-wong lagi misaya iwak.

Ana ing panggonan-panggonan mau wiji tanduran l.s.p. mau sing mriksa para ahli têtanduran.

[Grafik]

Carane ngirimake bibit kang diarani "stump'', kang dawane kira-kira 60 cm., lan wis mêtu oyode. Murih aja nganti garing ana ing dalan, stump mau kudu dibuntêl nganggo dlancang utawa liya-liyane.

Ana ing Bêtawi lan Surabaya sing mriksa Hoofd Instituut Plantenziekten (Panggêdhe kantor ama tanduran) utawa wêwakile.

Ing Medhan iya mangkono, sarta yèn Panggêdhe mau utawa wêwakile nuju ana alangan, sing mriksa Ambtenaar Landbouw sing dipatah dening

--- [2] ---

Inspectur Landbouw ing Medhan.

Wiji tèh saka ngamanca sing mriksa ana ing kutha-kutha mau iya para ahli têtanduran ing kono.

Ana ing Bêtawi lan Surabaya sing mriksa Hoofd Instituut Plantenziekten utawa wêwakile.

Ing Medhan iya mangkono, lan yèn Panggêdhe mau utawa wêwakile ana alangan, sing nindakake papriksan Ambtenaar Landbouw sing dipatah dening Inspectur Landbouw ing Medhan.

Ing Palembang sing mriksa Landbouwconsulent utawa wêwakile. Utawa yèn ana alangan iya Opperhoutvester utawa wêwakile.

Ing Padhang sing mriksa Landbouwconsulent utawa wêwakile. Utawa yèn ana alangan iya Opperhoutvester ing kutha kono.

[Grafik]

Carane ngirimake bibit sing wis thukul dadi tanduran.

Mungguh kênane bibit tanduran ditêkakake ing Hindhia, iku mung yèn ana layang katrangan saka ahli têtanduran ing nagara pinangkane bibit mau.

Layang mau kudu olèh tanda-tanda saka Pamarentah ing nagara asale; tanda-tanda mau pamansange kudu sing katon lan ora kêna gawe sêmang-sêmange sing wêruh.

Tumrape kênthang, yèn nêkakake ing kene, ora cukup mung nganggo layang katrangan mau bae, kudu ana layang katrangan siji manèh, yaiku saka kantor Plantenziekten (kantor ama tanduran) ing nagara asale. Layang mau kudu nyêbutake yèn bibit kênthang sing dikirimake iku ora kêna ing ama kutil (aardappel wratziekte); lan bibit mau njupuke saka patêgalan kang dununge adoh saka patêgalan sing kêna ing ama mau (sêthithike 500 m dohe saka patêgalan mau).

Pranatan tumrape wiji wit karèt, bibit wit karèt utawa perangane wit karèt sing urip liyane, padha bae karo pranatan kang tumrap kênthang. Layang katrangan saka kantor Plantenziekten kudu nyêbutake yèn kang kasêbut ing dhuwur mau, panjupuke saka uwit sing ora kêna ing ama "Zuid Amerikaansche bladziekte'' lan "Phytophtora-bladziekte''.

Yèn arêp njupuk bibit soklat kudu saka Eropah. Bibit soklat kang saka Amerika kudu ditandur dhisik ing laladan tanah Eropah. Dadi sing ana ing Hindhia kudu wis pranakan. Ing layang kudu nyêbutake mangkono. Pranatan liyane padha karo pranatan tumrap lumêbune bibit kênthang.

Bibit-bibit kang saka nagara Tiongkok iku yèn arêp dilêbokake ing tanah Hindhia ora prêlu nganggo layang katrangan kaya kang kasêbut ing dhuwur.

Wowohan saka nagara Walanda sing asale satêmêne saka nagara manca, lumêbune ing tanah kene ora susah nganggo katrangan saka nagara asale, janji wis nganggo katrangan saka kantor Plantenziekten ing Wageningen iya wis cukup.

Ing dhuwur wis kapratelakake yèn wiji, bibit, perangan têtanduran sing isih urip, lan wowohan sing saka ngamanca iku lumêbune mênyang tanah Hindhia mung kêna saka kutha-kutha kang kasêbut ing dhuwur. Ana ing kutha-kutha mau layang-layange katrangan dipriksa. Yèn uwis, wiji l.s.p. mau dipriksa para ahli têtanduran, lan yèn prêlu bibite ama dibuwangi. Mangkono mau mêsthi bae nganggo wragad. Kanggo barang sing pangirime sarana vrachtgoed utawa digawa uwong (passagiersgoed), wragade sabuntêle f 0.35. Yèn pangirime nganggo postpakket, monster utawa nganggo layang wragade f 0.25.

Wragad ngrêsiki ing dalêm 1 m³ utawa kurang f 0.75. Yèn pangirime nganggo postpakket, monster utawa layang (bobote ora kêna luwih saka 30 kg.) wragade ngrêsiki f 0.25.

Tumrap bibit sing kudu dirumat, wragad pangrumate kaya mangkene. Kanggo bibit 100 sing sêpisanan sabên bibit siji f 0.10, 101 têkan 1000 sabên bibit siji f 0.05. Wiwit 1001 munggah sabên bibit siji f 0.03.

Yèn bibit-bibit mau ngêntèk-êntèkake papan, wragad pamriksane, sing nêmtokake Panggêdhe Instituut Plantenziekten.

Yèn sing wêkas bibit-bibit mau duwe panjaluk supaya pamriksa lan anggone ngrêsiki iya ditindakake ing dina Minggu utawa dina liburan liya, pambayare kawuwuhan wragad mirunggan. Wragad mirunggan iki ping têlune wragad lumrah.

Wragad mirunggan tumrap wowohan kang ana ing kamar ès sing asale saka prau iku ora luwih saka f 100.-. Wragade mau didum rata karo pêthi utawa buntêlan liyane kang ana ing jêro kamar ès mau.

--- 3 ---

WARA-WARA BAB UNDHAKING RÊRÊGAN

Pamarentah wis kêrêp wara-wara, yèn undhaking rêrêgan barang manca ing tanah kene kudu cocog karo undhaking rêrêgane barang mau ing pasa donya. Undhaking rêrêgan mau direka murih bisane saka sathithik.

Dhèk tanggal 23 November kang kêpungkur Pamarentah gawe pranatan undhaking rêrêgan kang akir. Pranatan mau diwartakake ing E.R. no. 25 taun 1939, wiwit kaca 193 têkan kaca 195. Wiwit nalika sêmono têkane saiki rêrêgane barang ana ing pasar donya wis ana sawatara sing mundhak manèh. Mulane pranatan kang diwarak-warakake ing E.R. kasêbut ing dhuwur prêlu diowahi manèh. Pranatan anyar iku bakal kapratelakake ing ngisor. Wiwite tumindak tanggal 1 Januari 1940.

Barang-barang iku isih ajêg dibage dadi 4 golongan, yaiku golongan a, b, c, lan d.

Golongan a lan golongan b ora ana sing diowahi. Golongan c lan golongan d ana owah-owahane, marga ana barang sing biyèn klêbu golongan c saiki klêbu golongan d, utawa kosokbaline.

Barang golongan c, sing diowahi, panulise nganggo aksara kandêl; liyane nganggo aksara lumrah. Undhaking rêrêgan kang kapratelakake ana ing saburine barang-barang, iku mundhake saka rêrêgan dhèk tanggal 24 Augustus kang kêpungkur.

Golongan a.

Gula, uyah, kayu wêton kene lan pil kênini rêgane ora kêna diundhakake; dadi kudu isih têtêp kaya dhèk tanggal 24 Augustus.

Tumrap lênga latung lan barang-barang kang bakale lênga latung, prayoga ndêlêng "Wara-wara bab indhaking rêrêgèn'' ing E.R. no. 23 taun 1939 kaca 181.

Golongan b.

Iwak garingan, utawa iwak liyane kang diolah murih simpên-simpênane bisa awèt, trasi, bêras, glêpung bêras, dhêdhak lan jagung ora kêna diundhakake rêgane. Dadi kudu padha karo dhèk tanggal 24 Augustus. Kênane diundhakake mung yèn gêgayutan karo kaananing mangsa. Lan mundhake ora kêna luwih saka kang wis ditêtêpake panggêdhe B.B. ing wêwêngkone. (Ing Ngayogyakarta lan Surakarta sing nêtêpake: Gupêrnur; tumrap wêwêngkon liya: residhèn).

Golongan c.

Rêgane barang-barang kang kasêbut ing ngisor iki kêna diundhakake. Sêpira undhake kapratelakake ana ing burine. Mundhake saka rêrêgan dhèk tanggal 24 Augustus: ditêrangake nganggo prêsènan utawa wilangan dhuwit.

1. roti lan beskuwit gawean kene ... 5%

Kajaba beskuwit blèg-blegan sing isine kèh-kèhe 25 iji.

2. beskuwit (gawean kene) blèg-blegan sing isine kèh-kèhe 25 iji ... 15%

3. roti mari gawean kene kayadene Hoho l.s.p ... 20%

4. margarinê lan mêrtega tiron l.l.;

lênga sladha;

lênga lan gajih kanggo nggêgorèng sing digawe lênga têtanduran utawa gajih têtanduran (mangkono uga sing nganggo woworan gajih kewan) kaya ta: dulcinê, palminê, royala, delfia l.s.p. Mangkono uga gajih l.s.p. kang digawe panganan, kang bakale têtanduran, kajaba Archa N.P ... 5%

5. Archa N.P., 1 blèg isi 1.700 g ... 10 sèn

6. sayuran blèg-blegan utawa asinan l.s.p (statistiek No. 48/49) kajaba bloemkool, wotrêl lan zuurkool ... 15%

7. gandum lan glêpung gandum ... 25%

8. puhan lan barang-barang kang bakale puhan wêton ngamanca (statistiek No. 66/70) ... 27 ½%

9. urub-urub wêton kene, kajaba cokes (statistiek No. 248 lan 250) ... 5%

10. wlirang (wêton kene) ... 5%

11. rèk ... 17 ½

12. tamba-tamba, kajaba tamba patènt ... 5%

13. rabuk isi phosfaat wêton kene, kajaba rabuk sing kèhe disêbutake ing layang kêkancingane Dhirektur Ekonomische Zaken tg. 3 November 1939, No. 17760/H.K.H ... 5%

rabuk kang kasêbut ing layang kêkancingan rêgane miturut rêrêgan kang ana ing layang kêkancingan mau.

14. tir, pèk lan barang-barang kang bakale koolteer wêton kene (statistiek No. 367/369) ... 5%

15. sabun kajaba sabun adèn-adèn kanggo adus ... 10%

16. blèg lênga latung sing wis kanggo ... 10%

17. lampu, kajaba lampu adèn-adèn lan lampu sèntêr l.s.p (statistiek No. 944, 945) ... 30%

18. barang-barang caotchouc utawa karèt wêton pabrik (statistiek No. 959 têkan 974) ... 10%

19. piranti nggosok kuningan l.s.p. (statistiek No. 988) ... 10%

20. balapêcah (statistiek No. 423 têkan 446), kajaba kang sêtelan saprabote (statistiek No. 447) ... 15%

21. gêlas lan balapêcah kang bakale bêling (statistiek No. 474, 475, 478, 479, 483) ... 15%

22. lampu listrik, kajaba lampu listrik 5 decalumen lan lampu listrik 10 decalumen ... 10%

lampu 5 decalumen kêna diundhakake 2 sèn, sing 10 decalumen kêna diundhakake 5 sèn.

23. bolah, kajaba kang kanggo nyulam, ngrenda lan liya-liyane kang kanggo pagawean tangan (statistiek No. 556 têkan 550) apadene bolah layar, kênur tali, bolah sègêl lan liya-liyane, statistiek No. 560 ... 10%

24. sawêrnane mori mêntah ... 10%

kajaba kang statistiek No. 1530 ... 15%

25. cambric loyoran (statistiek No. 1543 têkan 1551) ... 15%

26. yeans loyoran ... 10%

27. mori liyane kang diloyor ... 15%

28. cita adèn-adèn (fanci manufacturen) sing mlêbune nganggo lisènsi (watêsan) (statistiek No. 1572, 2572, 1575/2596, 1577, 1582, 1584 lan 1591) ... 10%

--- 4 ---

29. panganggo wêton manca (statistiek No. 588, 590, 591 lan 592) ... 15%

30. sêmèn, rêgane têtêp kaya dhaftar rêrêgan dhèk tanggal 28 December 1939 No. 21604 utawa 21605/H.K.H.

31. lênga gêmuk (smeerolie) sarupane gêmuk, pasêlin wêton ngamanca, aspal lan barang-barang kang bakale aspal, kang wis kasêbut ing layang kêkancingane Dhirektur Ekonomische Zaken dhèk tg. 24 October 1939 No. 17076/H.K.H ... 15%

32. tarip sewan hotèl (ndêlênga E.R. No. 24 kaca 190) ... 5%

Miturut dhaftar kang kasêbut ing dhuwur barang kang rêgane kêna diundhakake manèh yaiku:

1. gandum lan glêpung gandum

2. lampu

3. balapêcah

4. gêlas lan balapêcah kang bakale bêling

5. cambric loyoran

6. roti mari gawean kene kaya dene Hoho l.s.p.

Rêrêgan gandum lan glêpung gandum mundhak 20% (biyèn mung 5%, saiki 25%). Undhakan sêmono iku ora bisa saka sathithik, marga rêrêgan ing pasar donya undhake iya ndêdêl rikat bangêt.

Ing tanah kene glêpung iku simpên-simpênane ora bisa nganti suwe, enggal apêk (bosok). Mangkono iku iya dadi jalarane undhaking rêrêgan glêpung ora bisa digawe saka sathithik.

Sanadjn rêrêgan glêpung mundhak manèh 20%, ewasamono rêrêgan roti têkan wêktu samêngko dèrèng kêna diundhakake, undhaking rêrêgan isih têtêp 5%. Ora liya marga bêbathène wong gawe roti isih cukup; undhaking rêrêgan glêpung ora bakal gawe kapitunan marang wong kang padha gawe roti.

Rêrêgan lampu iya mundhak manèh, jalaran wragad prak lan asuransi saya larang; lan manèh lampu iku saiki olèhe nêkakake saka Amerika, rêgane luwih larang tinimbang karo ing Jerman. Dene sababe ora nêkakake lampu saka ing Jerman, jalaran ing Jerman lagi pêrang.

Rêrêgan roti mari wêton kene kudu diundhakake, sabab rêgane bakale, yaiku glêpung, mundhak.

Ing wêktu iki sêmèn iku akèh sing mêkas mênyang manca; rêgane luwih larang. Wêlingan mau luwih akèh tinimbang biyèn. Dadi iya ora nggumunake yèn rêrêgan sêmèn ing tanah kene kêpêksa diundhakake manèh. Sabên 1 tong (= 4 karung) mundhake 45 sèn. Dadi yèn ditandhing karo dhèk sasi Augustus sb. 1 tong mundhake 85 sèn.

Dhèk tanggal 24 December larangan bab ngirimake koprah lan lênga klapa mênyang ngamanca disowak. Dadi pranatan undhaking rêrêgan barang-barang mau iya wis ora tumindak. Wose rêgane barang-barang mau wis tanpa wêwatêsan; mulane klêbu ing golongan d. Ewasêmono Pamarentah iya isih tansah ngawasake. Kajaba barang-barang mau, barang-barang liya iya akèh kang diawat-awati Pamarentah, yaiku barang-barang kang ora klêbu ing pranatan ing bab matêsi rêrêgèn.

Golongan d.

Barang-barang kang kasêbut ing golongan d. iku rêgane tanpa wêwatêsan. Undhaking rêrêgan kêna ditêtêpake marang sing adol dhewe; ewasamono iya ora kêna banjur sêgêlême dhewe bae. Kudu samurwat karo rêrêgan kulakane ing ngamanca (lan wragad-wragade). Barang-barang iku ora kêna dikirmake mênyang ngamanca.

Sing klêbu golongan d barang-barang sing ora kasêbut ing a, b, lan c, utawa sanajan kasêbut a nanging dijabakake, lan manèh tanpa disêbutake pira mundhake.

Miturut pranatan anyar bab udhaking rêrêgan, barang-barang kang kasêbut ing ngisor iki iya klêbu golongan d. Barang-barang iku maune diwatêsi; saiki dijorake bae. Mungguh pêprincène yaiku:

1. blebekan wêsi tipis sing kandêl-kandêle 0,3 mm.

2. sèng tipis sing dawane luwih saka 24 bwg.

3. kampstaafijzer nganti 1 ¼ mm.

4. paku kawat.

5. paku sêkrup.

6. baot.

7. Indhèn grobag lan cikar (statistiek No. 726, 727 lan 730).

Lênga jarak iya klêbu golongan iku, marga lênga jarak iku saiki ora pati kanggo; dadi undhaking rêrêgèn iya ora prêlu dwènèhi wêwatêsan.

NDANDANI URIP PADINAN

(Panjurung saka Sar. Kuthaarja).

Cêtha wela-wela yèn wong urip iku akèh bangêt butuhe, iya sing gêgayutan karo butuhing bale-omah, urip sêsrawungan utawa nyukupi kabutuhaning adat lan tata-carane salah sawijining panggonan.

Kanggo nyukupi kabutuhan têlung prêkara kaya sing kasêbut ing dhuwur iku, yèn nganti kêtlompèn nggone nindhakake utawa kurang ing pangati-atine, têgêse ora nginguk ing buri ngukur kêkuwatan, adhakane sok njalari kajêglong, tumiba ing kaanan kang jênêng "urip morat-marit''.

Yèn panguripan kang kaya mangkono mau mung ngênani marang sadulur padesan utawa marang bapa tani bae ora pati nggumunake, jêr bisa uga anggone urip morat-marit mau kêgawa saka kuranging pamêtu utawa jalaran saka bodhone, ora ngrêti ing petung tumrap

--- 5 ---

mlêbu mêtune pangasilane. Nanging kosokbaline akèh bae para lêbda ing kawruh petung, pamêtune gêdhe tur kawruhe boekhouding iya mêmêt, ewasamono bisa tumiba ing kasangsaran dadi korbaning urip padinan.

Ing layang-layang kabar kêrêp kaandharake, yèn sinau nylingkuhake dhuwit.

[Grafik]

Apa sababe? Apa saka kurange pamêtu? Utawa saka kuranging kawruhe? Gênah yèn ora.

Titikan sing gampang kasumurupan, yaiku: sêpisan, ngêbrèh tumrap urip padinan (ana ing bale omah), ping pindho ngumbar rasa ungkul-ungkulan (êmoh kalah) karo sêsrawunganane, ya tumrap apa bae kang gêgayutan karo ngêtokake wragad. Ping têlune kêbangêtan nggone ngêdhèkake tumindhaking adat-adat lan cara-cara kang tumuju marang kaborosan, nganti ngliwati takêre.

Ngèlingi kaanan kabèh mau, têtela têrang yèn sarat kanggo ndandani panguripan utawa ekonomi, durung cukup upama mung mburu undhaking pamêtu bae, nanging kaya iya prêlu eling marang pangati-ati ingatase nanjakake kuwajiban kita nêtêpi urip ana ing bab kasêbut ing dhuwur mau.

Wasana nyumanggakake.

INDHUSTRALISASI

Crigis : Wah, saiki ki wong-wong lagi padha kêmaruk têmbung "indhustralisasi''. Meh ing sabên layang kabar para jurnalis lalapane têmbung "indhustralisasi''.

Amêm : Lho, apa ta Gis, indhustrr ... tralisasi kuwi?

Crigis : Yèn indhustri kowe rak ya ngrêti ta? Têgêse pabrik-babrik. Dadi indhustralisasi têgêse ya gawe pabrik warna-warna.

Amêm : Êng. Apa iya isih kurang pabrike ta, tanahe dhewe kene iki?

Crigis : La bakal klambimu, piringmu, cangkirmu l.s.p. ki saka ngêndi, mara?

Amêm : Yèn ngono apa pabrik-pabrike dhewe ki durung bisa nyukupi kaprêluan ing kene?

Crigis : Wo, isih tangèh. Mulane kaum jurnalis iya tansah bêngak-bêngok: "Indhustralisasi! Indhustralisasi!'

Amêm : Yèn aku kok ora. Janji isih bisa nêkakake lan isih duwe dhuwit bae, prêlu apa gawe dhewe?

Crigis : Dadi saka panêmumu, janji duwe dhuwit bae ya bisa wêkas! La yèn kaya ngene ki priye? Wong layaran atine tansah kêtar-kêtir, wêdi yèn kèrêm. Prau dagang sing kèrêm wis pira bae. Ora liya mung marga saka anane papêrangan.

Amêm : Jare, pabrik tênun ing kene wis akèh. Malah pabrik gêlas lan piring cangkir ya wis ana.

Crigis : Bênêr, anane mono ya ana. Nanging mung pira? Pancèn ya wis akèh pabrik, kaya ta: pabrik barang blèg, barang logam, piranti kanggo mbêbuntêl, bir, soklat, mut-mutan, koolzuur, panganan, mêrtega tiron, sabun, cèt, mangsi, lak, lim, prêban, bangsane lênga wangi, obat nyamuk lan obat kanggo matèni kewan cilik-cilik kaya ta: lalêr l.s.p. barang sing panggawene sarana ilmu pamisah, sêpatu lan barang lulang liyane, ban lan barang karèt, gêlas, dluwang, bakal klambi, kayu triplèx, blêndok, têrpentijn l.s.p.

Amêm : Wah, kok ya wis akèh lan warna-warna.

--- 6 ---

Crigis : Nanging sing dadi butuhmu lan butuhku isih luwih akèh.

Amêm : Lho, la yèn ngono rak isih kudu nêkakake saka ngamanca.

Crigis : Pancèn mêngkono. Tur iya ora sêthithik. Sing kudu ditêkakake ora mung sing ing kene durung ana bae, dalasan sing ing kene wis ana pabrike, iya mêksa isih kudu nêkakake saka ngamanca.

Maskape-maskape prau padha sungkan ngêculake praune. Yèn ngono kuwi mara kêpriye olèhmu arêp nêkakake barang saka ngamanca? Dhuwitmu ora ana kanggone.

[Grafik]

Pabrik rokok krètèk "Nitisêmita" ing Kudus, kondhang têkan ing ngêndi-êndi. Mendah bêcike yèn tanah kene, sing kondhang loh jinawi lan sugih pamêtu ngene iki, duwe pabrik gêdhe-gêdhe kaya ngono iku!

Dadi ing bab kaprêluan padinan tanah kene ki pancèn iya isih nggandhul tanah manca. Kêpriye bisane arêp urip luwih mrêdika yèn ngene iki? Mulane sabisa-bisa kudu gawe pabrik dhewe.

Amêm : Êng. Dadi jalaran saka papêrangan iki tanah kene kayadene dipêksa supaya nggêdhèkake panggaotane dhewe? We, la yèn ngono, kanggone awake dhewe, papêrangan iki iya ana apike.

Crigis : Iya, nanging kosokbaline papêrangan iki iya ngêngèl-ngèli indhustralisasi. Wose mangkene: marga saka anane papêrangan, nêkakake mêsin-mêsin kanggo pabrik ora bisa, utawa bisaa iya ora gampang.

Amêm : Kanggone saiki iki pabrik apa sing prêlu dianakake?

Crigis : Kabèh-kabèh iya prêlu. Nanging kanggone kaprêluan ing kene sing bêcik dianakake dhisik yaiku pabrik tênun, pabrik kayu triplèx, karung lan dluwang. Dene sing uga prêlu dianakake yaiku pabrik aluminium, barang sing panggawene sarana ilmu pamisah, gêlas, norit l.s.p.

Amêm : Yèn aku ora kêliru, pabrik tênun ing kene wis akèh. Aku krungu, jarene punggawane ana nèk 80.000 bae.

Crigis : Pancèn ngono, nanging isih kurang. Jalaran saka anane industri tênun, pabrik lawe ing Têgal gêdhe paedahe.

Amêm : Gis, kowe kandha pabrik kayu triplèx ing kene prêlu bangêt. Kanggo apa bae ta, kayu triplèx kuwi?

Crigis : Kayu triplèx iku prêlu kanggo gawe pêthi sing kanggo ngirimake karèt, tèh l.s.p. mrana-mrana. Panjupuke biyèn saka nagara Finland. Saiki nagara Finland lagi pêrang. Dadi kayu triplèx iya banjur gawe dhewe. Emane kayu triplèx gaweane dhewe durung pati apik.

Amêm : La bab pabrik karung kapriye?

Crigis : Butuhe karung ing dalêm sêtaune ana 30 juta. Panggaotan karung lulup rosella ing dalêm sêtaun olèhe gawe 3 yuta. Taun ngarêp iki akèh uthute bisa têkan 12 yuta, lan ing taun 1941 bisa nganti 18 yuta. Dadi iya isih tangèh bisane nyukupi kaprêluan ing kene.

Amêm : Bab dluwang kapriye?

Crigis : Saiki pabrike lagi ana siji, yaiku ing Padhalarang. Pabrik iku anane nalika ana pêrang gêdhe taun 1914-1918. Dluwang wêton pabrik mau isih kurang bangêt kanggo nyukupi kabutuhan ing Hindhia. Anyar iki ing Lêcês, sacêdhake Probolinggo, ana pabrik dluwang anyar. Wiwite lagi sasi iki bae. Lan saiki isih ana ada-ada arêp ngêdêgake pabrik dluwang manèh.

Amêm : Yèn ngono aku kowe iki iya kudu mêmpêng olèhku mèlu nênuwun sabên dina, bisaa anane pabrik ing tanahe dhewe iki pating jrêdhul kaya thukule jamur barat sawise udan.

Crigis : Amin.

--- 7 ---

SÊSULUH MARANG LAYANG KABAR

(Susulan).

Ing E.R. No. 26 taun 1939, kaca 204 diwara-warakake bab anane bêbadan ing Departement Economische Zaken kang kapatah awèh sêsuluh marang layang kabar (pèrs) lan wong akèh. Ing kono disêbutake, yèn pakabaran kang umum olèhe nyêbarake marang layang kabar lantaran Aneta.

Nganti saprene yèn ana katrangan-katrangan kanggo pèrs Mêlayu iku sing dadi lantaran kantor Bale Pustaka ing Bêtawi. Iya bênêr ing Departement Economische Zaken wis ana bêbadan kang kapatah awèh sêsuluh marang layang kabar, nanging katrangan-katrangan kanggo layang kabar Mêlayu sing bakal marak-marakake isih lêstari kantor Bale Pustaka.

PITAKÈN LAN WANGSULAN.

Tw. M.S. ing Têgalrêja, Tèmpèl (Jogja). Document panjênêngan isi karangan 3 iji sampun kula tampi.

Tw. W.D. ing Pule, Trênggalèk.

Kwitansi langkung saking f 10.- kêdah mawi plakzegel f 0.15. Sanajan namung f 10.- utawi kirang, manawi arta wau tumanja kangge nicil sambutan langkung saking f 10.- inggih kêdah mawi plakzegel. Manawi cicilan ingkang kaping kalih kasêrat ing kwitansi sanès, kêdah mawi plakzegel malih. Cicilan ingkang kaping kalih, ingkang kaping tiga salajêngipun, kenging kasêrat ing walikanipun kwitansi ingkang kapisan. Makatên wau sagêd ngirid plakzegel. Cêkap mawi plakzegel satunggal, inggih punika ing kwitansi ingkang kapisan wau. Kwitansi wau ingkang nyêpêng utawi ingkang nyimpêni tiyang ingkang nyambut. Manawi nuju nicil kwitansi kêdah dipun bêkta. Tiyang ingkang motangakên manawi sampun sumêrêp bilih panyêratipun ing walikanipun kwitansi cocog, kêdah nandha tangani.

Tw. Langganan No. 2106 ing Muko-muko.

Manawi botên lêpat, anggèn panjênêngan badhe nanêm sêre wau, amargi ing panggenan panjênêngan dèrèng wontên tiyang ingkang nindakakên panggaotan wau. Siti ingkang badhe dipun tanêmi sêre kêdah milih siti ingkang loh. Pamaculipun kêdah ingkang sae. Papan panggenanipun kêbon sêre kêdah pikantuk bêntèr surya ingkang kathah.

Pananêmipun lêt 1 mètêr. Bibitipun dipun tanêm ing blumbangan, manawi sampun agêng dipun urugi. Manawi sampun 3 taun kêbon sêre punika kêdah dipun babati saha dipun tanêmi malih. Sêre punika ingkang sae ingkang ronipun wiyar-wiyar.

Kengingipun dipun pêndhêt ronipun manawi sampun umur 6-8 wulan. Salajêngipun sabên 30-40 dintên sapisan. Manawi badhe damêl lisar sêre, ronipun dipun godhog ing tong agêng. Uwabipun mlêbêt ing pipa tosan. Pipa tosan wau purugipun dhatêng bak isi toya asrêp. Ing uwab wau wontên lisahipun sêre. Kenging dayanipun toya asrêp ing bak uwab wau inggih lajêng tumut dados asrêp saha dados toya kalihan lisah sêre malih. Toya lan lisah sêre mili mêdal pipa sanès dhatêng tong. Wontên ing tong lisahipun misah, kambang-kambang ing sanginggilipun toya, dados inggih gampil anggènipun nyeroki.

Manawi ngrêsakakên katrangan ingkang cêtha bab nanêm sêre, sagêd prêsabên kalihan kantor Landbouw (kantor sêsuluh tani) ing Bêngkulên. Manawi ngrêsakakên bibit l.s.p. inggih sagêd mawi lantaranipun kantor wau. Murih cêthanipun katrangan bab pandamêlipun lisah sêre, manawi kêrsa kenging mitêrang dhatêng Consultatie Bureau voor de Buitengewesten ing Bêtawi Centrum (Alaidroeslaan). Bab kauntunganipun panggaotan lisah sêre, kula aturi maos "Wawasan padagangan asil bumi'', sabên E.R. ngêwrat.

Tw. G.I. langg. E.R. No. 2874 ing Ngabang (West-Kalimantên).

Bab "Ekonomi Rayat'' panjênêngan ragi klintu. Lêrês sabên langganan Kajawèn pikantuk Ekonomi Rayat lêlahanan. Inggih punika sabên kalih minggu sapisan kawrat ing Kajawèn ing perangan ingkang wingking piyambak.

Nanging manawi namung langganan Ekonomi Rayat, inggih namung pikantuk Ekonomi Rayat, botên kalihan Kajawèn. Mênggah rêgi langganan Ekonomi Rayat punika ing dalêm satêngah taunipun f 0.60.

Tw. A. ing Bandung.

Katrangan pamriksanipun Afdeeling Nijverheid bab sabun panjênêngan botên kenging kapratelakakên ing advertensi utawi ing etikèt sabun wau.

Kenging damêl reclame sarana mratelakakên katrangan pamriksanipun, nanging kêdah nyuwun "vrijwillige keuring'' rumiyin, saha mawi ngêdalakên wragad malih.

Murih gamblangipun ing bab punika, mugi kêrsaa mitêrang dhatêng p.t. Nijverheid Consulent ing Bandung kantoripun ing Bungsuwêg 69. Tuwan wau inggih sagêd suka pitêdah adrèsipun ingkang sami badhe sade sabun.

Ing kantor wau inggih wontên ambtênaar sêsuluh dagang. Ambtênaar wau sagêd suka pitulungan madosakên pêkên sabun panjênêngan.

--- 8 ---

WAWASAN PADAGANGAN ASIL BUMI

Gula pasir.

Wiwit tg. 27 November têkan tg. 10 December rêrêgan gula pasir ing tanah kene mundhak. Gula sing dikirimake mênyang Asia saya akèh. Dhèk tg. 1 December rêgane gula taun 1939 sing dikirimake N.I.V.A.S. mênyang Asia sb. 100 kg. diundhakake f 0.25. Ewasamono dagangan mau mêksa isih payu bangêt. Gula taun 1939 tandhon sêdhiyan kanggo Asia wis payu kabèh lan gula 1940 wis wiwit ana sing wêling.

Ana ing padagangan panglantar katon rame bangêt. Ing sajrone 2 minggu kasêbut ing dhuwur rêgane gula S.H.S. sabên 100 kg. maune f 11.- mundhak dadi f 11.75 (Singapore basis). Nanging sawise ndêdêl têkan sêmono banjur mlorod manèh.

Karèt.

Wiwit tg. 27 November têkan tg. 10 December pasar karèt sêpi nyênyêt. Mulane rêrêgan iya banjur mlorod. Dhèk tg. 25 November sheets ing Bêtawi sb. 1 kg. rêga f 0.73 ½; tanggal 8 December wis dadi f 0.68. Sêmu-sêmune sing njalari mlorod mau mêrga pabrik sing padha mbutuhake karèt ora mrêduli lan marga tandhon karèt pirang-pirang diobralake.

Nanging kira-kira mloroding rêrêgan mau ora bakal suwe. Padagangan karèt saikine kukuh. Ndêlêng karèt sing diêdol mênyang ngamanca saya akèh, mangka rêgane ora mudhun, malah sajrone sawatara sasi sing kêpungkur saya ndêdêl.

Tèh.

Mlorode rêrêgan tèh ing pasar liya panggonan luwih akèh tinimbang ing pasar Bêtawi. Mulane barêng rêrêgan ing pasar liya panggonan padha wiwit mundhak, rêrêgan ing pasar Bêtawi isih panggah murah bae. Ing sajrone sasi October ing Bêtawi rêgane tèh rata-rata sb. 1 kg. f 0.91 ½; dhèk tanggal 2 December f 0.87. Tg. 8 December tèh Pecco sb. 1 kg. rêga f 0.80-f 0.84.

Kopi.

Ing wiwitan sasi December rêrêgan kopi ing pasar New York mundhak. Ewasamono durung kêna diarani apik. Wong-wong padha duwe pangira yèn rêrêgan kopi suwe bisane dadi apik. Bisa dadi apik yèn panène akèh sing ora mikolèhi utawa yèn papêrangane dilèrèni. Marga saka ana papêrangan, sing padha tuku kopi suda. Mulane yèn papêrangan bisa lèrèn, uwong kang padha tuku kopi bisa mundhak; rêga kopi iya banjur bisa mèlu mundhak.

Dhèk tg. 8 December kopi Robusta W.I.B. ana ing Surabaya sb. 100 kg. payu f 16.50.

Mrica.

Padagangan mrica umume bêcik, rêgane mrica mundhak. Rêrêgan mrica irêng kêna dayane kaanan ing pasar mrica irêng Amerika. Rêrêgan mau ing Amerika mlorod. Dhèk tg. 27 November têkan tg. 10 December mrica irêng bisa ndêdêl rêgane, marga bangsa Hindhustan akèh sing padha tuku mrica ing Surabaya. Dhèk tg. 8 December mrica irêng ing Têluk Bêtung sb. 100 kg. payu f 10.-. Bangsa Hindhustan anggone murih bisa olèh bathi akèh, akale mangkene. Wis padha sumurup, yèn krajan Inggris nglarangi bawahe ora kêna tuku mrica mênyang sajaban jajahane. Jalaran saka kang mangkono mau, mrica wêton jajahan Inggris rêgane banjur apik, marga ora ana kongkurènsine (mungsuhe) saka jaba praja. Kapriye lakune Hindhustani? Mricane dhewe diêdol ing Londhon, dene sing kanggo kabutuhane dhewe njupuk mrica wêton tanah kene.

Mrica putih rêgane iya mundhak, jalaran Singapore anggone wêkas akèh bangêt.

Dhèk tg. 8 December mrica putih ana ing Bêtawi sb. 100 kg. tawane f 22.-

Lênga sêre.

Dhèk sasi November ing sajrone minggu kang kaping têlu rêgane lênga sêre mundhak. Sawise iku banjur ajêg. Wiwit tanggal 6 December padagangan lênga sêre mundhak rame. Rêgane mundhak; lênga A. maune sb. 1 kg. rêga f 1.37 ½ nganti dadi f 1.45. Wêlingan kanggo taun 1940 iya akèh. Sb. 1 kg. nganti rêga f 1.35.

Kaanan kang kaya mangkono mau pancèn anèh. Kita kabèh sumurup, marga ananging papêrangan, ing Eropah pasar lênga sêre mati sêk. Tujune wêlingan Amerika marang ing tanah kene luwih akèh. Ewasamono kèhe lênga sêre sing dikirimake mênyang manca sasuwene ana papêrangan, luwih sathithik karo adat sabêne. Nanging êmbuh kapriye, rêgane mêksa mundhak.

Koprah.

Ing wawasan padagangan asil bumi sing uwis, diwartakake yèn rêrêgan koprah mundhak. Dhuwur-dhuwure dhèk tanggal 25 November; ing Mênadho koprah 1 pikul nganti rêga f 2.70. Emane rêrêgan mau ora panggah; mlorod nganti padha karo rêrêgan dhèk sasi Augustus kang kêpungkur yaiku 1 pikul f 2.50.

Bêras.

Wiwit tg. 25 November têkan tg. 10 December padagangan bêras rame manèh. Jalarane ing Banyumas, Kêdhu lan Ngayoja, panène ora pati nyênêngake. Wasana ing pasar bêras ing karesidhenan Sêmarang, Cirêbon lan Pêkalongan malah banjur rame. Murih gampange ngirimake bêras saka panggonan kang parine turah-turah mênyang panggonan kang kêkurangan pari, tarip prak sêpur diudhunake.

Bêras Banyuwangi O.J.S./A.A. dhèk tanggal 1 December sb. 100 kg. franco pabrik rêga f 8.-; bêras Jêmbêr O.J.S./I sb. 100 kg. franco pabrik rêga f 6.72.

Barang-barang kêtela.

Padagangan glêpung tapioca, pearl lan seeds sêpi. Mulane rêgane iya mlorod. Kosokbaline padagagan gaplèk lan glêpung gaplèk rame, rêgane mundhak. Wis ana 1 ½ sasi rêrêgan gaplèk lan glêpung gaplèk panggah; ora mlorod ora mundhak.

Dhèk tg. 30 November tapioca A.A. e.k. Bêtawi rêgane f 8.-; pearl rêgane f 11.50; glêpung gaplèk f.o.b. Surabaya rêgane f 2.20. Tg. 6 December rêrêgan mau dadi: f 7.90; f 11.25 lan f 2.27 ½. Tg. 11 December dadi kaya mangkene: f 7.70; f 11.25 lan f 2.45. Dadi sajrone 11 dina rêga tapioca sb. 100 kg. mlorod f 0.30; pearl mlorod f 0.25, dene glêpung gaplèk sb. 100 kg. mundhak f 0.25.

Jagung.

Wêlingan jagung akèh; jagung sing diêdol mung sathithik, dadi wêlingan-wêlingan mau ora bisa dilêksanani kabèh. Wiwit tg. 25 November têkan tg. 10 December jagug kuning franco wagon Suabaya sb. 100 kg. rêga f 3.30.

Kêdhêle.

Voedingsmiddelen fonds tuku kêdhêle 2.000 ton, prêlu dikirimake mênyang nêgara Walanda.

Miturut para ahli dagang, jarene panèn kêdhêle taun 1939 luwih sêthithik tinimbang panèn taun 1938. Ewasamono rêrêgan kêdhêle ajêg murah, marga ora ana sing nggatèkake.

Dhèk sasi December sajroning minggu kang kapisan ana ing Pasuruan utawa Probolinggo kêdhêle irêng sb. 100 kg. franco prau rêga f 4.77 ½. Kêdhêle Jêmbêr franco Jêmbêr iya rêga f 4.77 ½.

No. 87-88, 29-10-1940

KÊJAWÈN LÊBARAN 1 SAWAL

BALE-POESTAKA BATAVIA-C

--- 0 ---

[Iklan]

--- 1211 ---

Ôngka 87-88, Sla Pn, 28 Pasa Dal 1871, 29 Oktobêr 1940, Taun XV.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f. 1.50,- Bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Siratulrahmi - Aturipun Redhaksi - Siyam tuwin Bakda - Mupangatipun Pangajaran Luhur Tumrapipun Nusa lan Bôngsa - Technische Hoogeschool - Wigatosipun Pamulangan Luhur Kukum, Pamulangan Luhur Kadhoktêran ing Bêtawi - Bestuursacadhemie - Wanita Indhonesia kalihan Pangajaran Luhur - Ontgroening - Asih lan Wêlas iku Ênggone sing Gawe Urip - Lêbaran - Taman Bocah.

Siratulrahmi

[Mijil]

wimbaning kang ri adi ing mangkin / dahat wèh kalêson / tumanêm mring manah raos cape / pindha surya kang jumêdhul enjing / katabêtan maksih / pêpêtênging dalu //

yèn rinaras padhanging hyang rawi / wrata tan pilih gon / datan amung nèng pandulu bae / nadyan osik kang sumimpên wêrit / kapadhangan ugi / panguwasanipun //

tumitising daya kang ngênani / tumanduking raos / nyumurupkên mring kaluputane / myang nênuntun mring panggawe bêcik / wêlas asih saking / kawasèng Maha Gung //

awit sipating Hyang Maha Luwih / lumintu tan pêdhot / ngapura mring pra kawula kabèh / datan pisan tumindak pilih sih / maratani sami / kamirahanipun //

marma wêdhar ucaping sêsanti / panlangsaning batos / tinampia Mahakwasa mangkin / malês asih ngapura sasami / ingêntasa saking / kacintrakanipun //

--- 1212 ---

Aturipun Rêdhaksi

Ing dintên lêbaran umat muslimin tuwin muslimat sami bingah-bingah. Sababing bingah namung saprakawis inggih punika, dene anggènipun dados abdinipun Pangeran sampun nêtêpi salah satunggaling sêsanggêmanipun ingkang awrat.

Ing salêbêting wulan Siyam umat Islam sami mêsu badan nyantosakakên pasuwitanipun dhatêng Ingkang Maha Kuwasa, sarta ngêndhih ardaning hawa nêpsunipun ingkang nyimpang saking pasuwitan wau. Kabêkta saking anggènipun sami mangrêtos yèn cinakêt ing Pangeran, manahipun tansah kadamêl santosa, samangsa ginodha tuwin dipun pêpencut dhatêng hawa nêpsu, tansah panggah mungêl "êmoh". Anggènipun nangkis dhatêng hawa nêpsunipun, botên namung sapisan kaping kalih, botên namung dhang-dhong, ananging wongsal-wangsul ing sabên dintên, ngantos sawulan dangunipun.

Botên namung punika kemawon. Sadintên kaping gangsal umat Islam sami kaklêmpakakên wontên ing langgar utawi mêsjid, sami ndêdonga, sami mêmuji ngluhurakên asmaning Pangeran. Sugih, miskin, luhur, asor, sampun botên wontên bedanipun. Sadaya sami gadhah raos sami, tanpa mawang drajat tuwin pangkat. Sampun botên kenging dipun selaki, bilih lampah kados makatên punika tumraping nggêgêsang sarta ngipuk-ipuk raos dhemokrasi, saèstu botên sakêdhik dayanipun. Ananging ingkang sagêd makatên wau punika ngêmungakên têtiyang ingkang cêlak-cêlak, ingkang nunggil kampung utawi nunggil dhusun. Beda kalihan Siyam!

Wiwit tanggal 1 Ramêlan, umat Islam sarêng grêng sami nglêrêsakên gêsangipun botên ngêmungakên sadhusun utawi sanagari, ananging salumahing jagat sadaya.

Manawi wontên ing mêsjid tiyang sugih kalihan tiyang miskin punika, sami ngadêg jajar abên bau, anamung manawi wontên ing griyanipun piyambak-piyambak, gêsangipun kosok wangsul. Ingkang sugih sarwa mubra-mubru, sarêng ingkang kacingkrangan kêrêp kados rinêmêd-rêmêd padharanipun margi saking kêluwèn. Griyanipun inggih kados kaêlêt-êlêtan jurang lêbêt, jurang sosial. Baya kadospundi sagêdipun pun sugih nunggil raos saha cakêt kalihan pun miskin. Sagêdipun jurang êlêt-êlêt wau wradin, manawi ingkang sugih ugi nate ngraosakên rêkaosipun tiyang kêluwèn, nate ngraosakên sadintên-dintên botên angsal têdha. Anggènipun ngraosakên makatên punika botên namung sadintên kalih dintên, nanging ngantos sawulan bêngkêlêng.

Awit saking makatên wau pun sugih kalihan pun miskin ing salumahing jagat ingkang têtiyangipun sami nglampahi siyam Ramêlan, lajêng nama sami raosipun.

Ananging, anggènipun araos sami wau namung badhe dumunung ing pangraos tuwin ing pangalaman kemawon, manawi botên mawi dipun rangkêpi ing kawajiban jakat pitrah. Jakat pitrah punika salugunipun kalêbêt ewoning srana kangge nyirnakakên kamlaratan - pauperisme - ing bêbrayan gêsang. Ing masarakat pundi kemawon mêsthi wontên pauperisme. Mila wiwit kina mila ngantos dumuginipun samangke bab nyirnakakên kamlaratan wau inggih tansah dados rêmbag angêt.

Andharan cêkak nginggil wau, sanajana tumrapipun para maos sampun botên nama barang enggal, ewasamantên mêksa kula aturakên. Jêr samangke sawêg wontên tiyang kuwaos ingkang soroh amuk, botên namung mêjahi sasamining manungsa sarta nêluk-nêlukakên nagari kemawon, ugi mawi ngêtog kakiyatan nêdya nglêbur dhemokrasi tuwin kasosialan kados ingkang kula aturakên wau...

Sasampunipun siyam sawulan, ing wanci dalu ngajêngakên riyadi, umat Islam sami takbir mêmuji sarta ngluhurakên asmaning Pangeran. Enjingipun, inggih punika dintên Riyadi enjing, sasampunipun sami jakat pitrah lajêng sami ngaturakên sêmbah sumungkêmipun dhatêng Ingkang Paring Gêsang (sêmbahyang Id).

Inggih makatên punika ingkang saking pamanah kula dados têtalêsing dintên Riyadi, inggih punika: bingah-bingah awit sampun nêtêpi kawajibanipun! Kawajiban ngêkahakên pasuwitanipun dhatêng Pangeran, ngêndhih ardaning hawa nêpsu, ngêlukakên manah ngantos gadhah raos sami punapadene tumut mbiyantu nyirnakakên kamiskinan ing bêbrayan gêsang.

Manawi makatên pamawasipun, kados sampun têrang, bilih bingah-bingah andrawina, nêdha eca, mamèrakên sandhang pangangge, mbrondongi mrêcon [mrê...]

--- 1213 ---

[...con] lsp. ngantos kêsupèn dhatêng kakiyataning badanipun, punika pancèn botên mungguh.

Ananging rèhning sampun radi kêdangon anggènipun kêlajêng menggok mriku, anggènipun wangsul malih dhatêng margi ingkang lêmpêng, wontênipun inggih namung ngêntosi kalamangsanipun.

Makatên ugi bab mupu sarta andum jakat pitrah, manawi samangke dèrèng sampurna, inggih namung ngêntosi sampurnanipun, jêr pancèn sampun wontên pranatanipun.

Para maos sampun sami priksa bilih Kajawèn tansah njurungi têtiyang kathah anggènipun sami mulyakakên dintên Riyadi wau. Mila manawi kalêrês lêbaran, Kajawèn inggih mêsthi tumut mulyakakên sarana ngêdalakên "Nomêr Lêbaran". Lêbaran samangke punika, Kajawèn inggih tumut mulyakakên. Namung isinipun "Nomêr Lêbaran" ingkang kula aturakên punika radi beda kalihan adat sabênipun.

Ing salêbêtipun para bangsa manungsa sami nandhang coba agêng, jiwa bandhanipun, kamardikan lan nagarinipun, dipun icak-icak kasamèkakên uwuh, kados ingkang kalampahan ing tanah kilenan tuwin wetanan samangke punika, kados botên mungguh manawi kula sami maos kêkarangan ingkang namung ngêlus-êlus raosing manah kemawon, sanajana ing riku isi sari utawi pathi têpa tuladha sae.

Ananging kosok wangsulipun, inggih botên prayogi manawi lajêng kêlêm kandhêm namung ngraosakên kasusahaning jagat, ngantos kasupèn dhatêng sih rahmating Pangeran ingkang rumêntah dhatêng kula sadaya ing wêkdal samangke, inggih punika: pamulangan luhur.

Ing tanah ngriki sampun wontên pamulangan luhur tiga: Technische Hoogeschool ing Bandung, Rechtshoogeschool tuwin Geneeskundige Hoogeschool ing Bêtawi. Sapunika, kenging dipun têmbungakên namung sagêbyaring thathit, nagari ngriki dipun sukani pamulangan luhur sawatawis, sarêng grêng.

Prakawis punika agêng mupangatipun dhatêng bangsa tuwin nagari ngriki, mila botên kenging sami kita supèkakên. Sintên ingkang kêpenging jajar kalihan tiyang sanès, jajar lênggahipun wontên ing bêbrayan gêsang tuwin ing jagating kawruh, mêsthi sami ngajêng-ajêng dhatêng wontênipun pamulangan luhur. Sampun dangu anggèn kula sami ngidham pamulangan luhur, sapunika... sumangga kula aturi mriksani, timbulipun pamulangan luhur mak rêgêdêg sarêng grêng. Kêjawi pamulangan luhur, inggih kathah yêyasan-yêyasan pangajaran luhur ing nagari Walandi ingkang kapindhah mriki, kados upaminipun: Opleiding voor Europeesche B.B. ambtenaren (kapapanakên wontên ing Rechtshoogeschool, Bêtawi), Koninklijke Militaire Academie ing Bandung, tuwin Instituut voor Koninklijke Marine ing Surabaya.

[Iklan]

Kados punapa bingah kita sadaya, botên prêlu kula aturakên. Nanggapi kawontênan wau, rêdhaksi lajêng gêgancangan nyuwun tulung dhatêng para ahli sawatawis, sami kasuwunan ngandharakên mupangatipun pamulangan luhur wau tumrap bangsa tuwin nagari ing riki. Rumaos bêgja kêmayangan, dene para ahli wau sami dhangan paring panjurung ingkang lajêng kula kalêmpakakên dados "Nomêr Lêbaran" punika.

Saking rumaos kula, ing salêbêtipun mulyakakên dintên Riyadi punika, kados inggih prayogi minakakênginakakên. wêkdal sakêdhik kangge ngèngêt-èngêt sihing Pangeran ingkang lumèbèr dhatêng masarakat ngriki samangke punika, prêlunipun lajêng sagêd dhamang saèstu dhatêng têgêsing sih wau, sarta lajêng botên kêsupèn ngaturakên panuwun dhatêng Pangeran dumadi.

Nomêr lêbaran punika kula aturakên dhatêng para maos kanthi pangajêng-ajêng mugi ndadosna kaparêngipun, sadaya kemawon.

Ing salêbêtipun dintên lêbaran mirunggan punika, pangajêng-ajêngipun rêdhaksi botên sanès, mugi anggèn kita ngolag-alig jiwa raga sagêda saya nyêlaki dhatêng têtalêsing dintên riyadi wau, sarta suminggaha saking sawarnining pancabaya.

Panutuping atur, mugi-mugi para maos sami ngêgungakên samodra pangaksama manawi wontên klènta-klèntuning tindak tuwin pangucapipun rêdhaksi ing salêbêtipun ngladosi. Sarta mugi wontêna kêrsanipun para maos mbiyantu, murih isinipun Kajawèn saya mupangati dhatêng ingkang sami maos sumarambahipun dhatêng ing bêbrayan gêsang ing ngriki sadaya.

Sugêng Lêbaran!

--- 1214 ---

Siyam tuwin Bakda

(Panjurung saking ingkang Bupati ing Bandung R.A.A. Wiranatakusuma)

Sabên taun, ing salêbêtipun wulan Ramalan, para kaum muslimin sabên dintên sami siyam utawi saum sadintên muput. Miturut dhawuhing Koran, siyam punika wiwit padhang ngantos dumugi sêraping surya. Dados yèn miturut jam wiwit jam 5 enjing dumugi jam 6.20 sontên.

Têmbung siyam utawi saum punika basa Arab. Têmbung wau sanès têmbung tanduk, bôngsa Arab mastani: ismu masdarin. Murih gampil kêcapipun kacêkak: isim masdar. Isim masdar punika botên wontên wujudipun, sami kalihan têmbung Jawi: kêkarêpan, lan sasaminipun. Dados têmbung siyam utawi saum, punika yèn bôngsa Walandi mastani bangsaning têmbung "abstract zelftandig naamwoord", têmbung aran ingkang botên maujud.

Têmbung wau asalipun saking têmbung tanduk, soma (soma) têgêsipun: nyêgah nêdha tuwin ngombe, makatên têgêsipun têmbung wau miturut katêranganipun paramasastra Arab.

Nanging tumraping agami, têgêsipun langkung jêmbar, inggih punika, nyêgah samudayanipun. Dados kajawi nyêgah nêdha lan ngombe, inggih nyêgah cêcariyosan ingkang botên-botên, upaminipun: ngraosi utawi angglêndhêngi tiyang. Ugi kêdah nyêgah sadhengah kasênêngan ingkang namung nama: wênang, punapa malih ingkang : karam.

Tiyang ingkang nglampahi siyam, dipun wastani: saimun (Sa'imun).

[Grafik]

R.A.A. Wiranatakusuma

Nitik katêrangan, dados ingkang dipun wastani : Sa'imun punika botên ngêmungakên tiyang ingkang nyêgah nêdha tuwin ngombe kemawon, nanging ugi tiyang ingkang nyêgah tindak awon.

Siyam ing wulan Ramalan, punika satunggiling tindak miturut dhawuhing Koran, wajib katindakakên dening para muslim.

Murih anggènipun siyam sagêd sampurna, sabên kaum muslim kêdah mangrêtos dhatêng sipat-sipatipun [sipat-sipa...]

--- 1215 ---

[...tipun] Allah Tangala ingkang majibakên siyam.

Dene sipat-sipating Allah Tangala, punika miturut piwulang agami Islam, wontên 20 ingkang wajib, tuwin 20 ingkang mokal utawi mustahil, têgêsipun kosok-wangsulipun wajib. Nanging sarèhning karangan punika namung badhe ngandharakên bab siyam kanthi cêkak, dados bab sipat 20 botên badhe kaandharakên sadaya, punapa malih inggih botên mawi dipun têrangakên satunggal-satunggalipun, ingkang badhe katêrangakên ing ngriki ngêmungakên kadospundi mêsthinipun tiyang siyam, kapêndhêt saprêlunipun kemawon.

Mênggah sipat-sipating Allah Tangala ingkang prêlu sangêt kasumêrêpan, punika ingkang wajib namung 3, lan ingkang mokal utawi mustahil 3. Katêranganipun kados ing ngandhap punika:

1. Allah Tangala punika asipat: aliman, têgêsipun: wuninga dhatêng samudayanipun, botên wontên ingkang botên dipun wuningani.

2. Allah Tangala punika asipat: samian, têgêsipun: sadhengah mirêng, mustahil yèn budhêga, sadhengah suwara kapirêng.

3. Allah Tangala punika asipat: basiran, têgêsipun: priksa dhatêng samukawis, mustahil yèn picaka, botên wontên barang ingkang botên kauningan, inggih wujuding barang-barang, inggih solah tingkahing manungsa, lan sapanunggilanipun.

Ing mangke badhe mangsuli malih bab siyam.

Kajênging siyam ing wulan Pasa, punika badhe madhêp ing Allah, ngibadah ing Allah, têgêsipun: kumawula ing Allah, supados icala dosanipun, têntrêm manahipun, luwara saking sadaya kasusahan.

TumraTumrap. para ingkang sampun sami nglampahi siyam, têmtu sampun sami ngraosakên kadospundi raos nahan luwe, nahan ngorong, lêsu, raosipun botên kantênan, kados tiyang sakit, nanging botên sakit.

Sumôngga kagaliha: kadospundi raosipun tiyang siyam yèn sampun wanci têngah dintên, nêdhêng-nêdhêngipun luwe tuwin ngêlak, lajêng wontên tiyang nyukani sêkul angêt salawuhipun pisan tuwin toya ingkang kinclong-kinclong. Nanging tumrap tiyang ingkang têguh, tawajuh, botên gingsir dhatêng panggodha wau, pêpenginanipun ical, jalaran isin dhatêng Allah Taala ingkang majibakên siyam. Limrahipun antawisipun jam 2 kalihan jam 5, ingkang èstri ibut anggènipun olah-olah kangge buka. Jam satêngah nêm, dhaharan utawi nyamikan sampun katata. Nanging sarèhning dèrèng dumugi wancinipun buka, manah taksih têtêp, dèrèng purun ngicipi têtêdhan wau.

Saupami saimun, tiyang ingkang siyam, andhêllik ngombe utawi nêdha, têmtu botên wontên ingkang sumêrêp, botên wontên ingkang badhe nyababakên. Ewadene mêksa

--- 1216 ---

botên purun, jalaran mangrêtos bilih tindakipun punika sadaya têmtu badhe kauningan dhatêng Allah Tangala. Lajêng gadhah raos isin lan ajrih dhatêng ingkang paring rahmat, ingkang sabên dintênipun karaosakên kanthi nikmat: dipun paringi mripat kangge ningali samubarang ingkang katingal, dipun paringi kuping kangge mirêngakên sawarnining swara. Manawi Ingkang Kuwaos ngrêsakakên damêl picak lan budhêg, gèk dhatêng pundi anggènipun pados lêlintu. Kajawi kaparingan rêjêki, ugi kaparingan akal, lan sapanunggilanipun. Yèn Allah Tangala ngrêsakakên nyinggêt, kula sadaya badhe sagêd punapa. Kantun-kantun dipun dhawuhi siyam, tur sataun namung 30 dintên sami botên purun anglampahi. Tumrap ingkang sawêg alangan kados ta sakit utawi sawêg lêlana têbih, yèn botên siyam, kenging dipun lintoni ing wulan sanès.

Para saimun ingkang tawajuh tuwin mantêp, sabên thukul krêntêgipun badhe nyêmadosi siyamipun utawi nêrak dhawuhing Allah Taala, krêntêg wau sagêd kasirnakakên saking dayaning manah èngêt, utawi kadosdene wontên ingkang suka pêpèngêt makatên: lo kok arêp lali. Ing môngka Allah Tangala iku salawase ngêtutake, lan priksa sakèhing kalakuanmu saka kadohan.

[Iklan]

Upami gadhah krêntêg badhe angglêndhêngi utawi mitênah tiyang sanès, punika tumrap saimun ingkang têguh lan tawajuh, kêkajêngan wau inggih tumuntên sagêd sirna, jalaran lajêng èngêt makatên: aku ngrêti yèn Allah iku asipat samian, apa bae mêsthi mirêng. Kêna ngapa aku kok dadi arêp angglêndhêngi utawa mitênah uwong. Ing môngka tindak mangkono iku dadi larangane Allah, bakal kapatrapan paukuman manut dhawuhing Allah mangkene: Al-fitnatu asyaddu minalqatli', têgêse: pitênah iku luwih landhêp tinimbang pêdhang. Karêpe: luwih anggêgirisi tinimbang matèni wong. Jalaran sangsarane wong dipatèni iku mung nalika dipatèni. Nanging dayaning pitênah, iku ngalang-alangi kasênêngane kang dipitênah ing salawas-lawase, jalaran banjur akèh sing padha sêngit.

Upami lajêng tuwuh gagasanipun badhe tumindak awon, punika tumrap para saimun ingkang têguh tuwin tawajuh, kêkajêngan wau sagêd enggal kasirnakakên, amargi lajêng èngêt: aku rak wis ngrêti yèn Allah Tangala iku asipat aliman, priksa marang sakabèhane. Sanajan atiku katutupan klambi, Allah Tangala mêsthi uninga marang kêkarêpanku kang ala mau. Aku rumasa isin lan wêdi marang Allah Tangala.

Jalaran saking èngêt makatên wau, para saimun ingkang badhe tumindak awon utawi [uta...]

--- 1217 ---

[...wi] gadhah gagasan, têmtu lajêng kandhêg dening tekad ingkang suci. Yèn manah botên gadhah niyat, jasad têmtu botên badhe tumindak.

Inggih makatên punika mêsthinipun tiyang nglampahi siyam, botên kok anggêr botên nêdha lan botên ngombe wiwit pajar ngantos dumugi magrip kemawon.

Ing nginggil sampun katêrangakên kadospundi raosing tiyang siyam. Sanajan tumrap tiyang kacêkapan mêksa katingal susahipun. Punapa malih tumrap tiyang ingkang kacingkrangan. Dados wohing siyam, punika lajêng gadhah manah wêlasan, wêlas dhatêng tiyang nandhang kacingkrangan. Sipat ingkang makatên wau, sipat ingkang kaanggêp mulya dening Allah, ugi kaanggêp mulya dening umum.

Satêlasing wulan ingkang damêl sangsaraning badan, inggih punika wulan Ramalan, lajêng santun kabingahan, inggih punika dintên bakda. Tiyang Arab mastani: yaumul idl-fitri, têgêsipun: dintên bakda ingkang isi kabingahan. Wiwitan ing dintên punika ngantos sawatawis dintên, para kaum muslimin sami sanjan-sinanjan prêlu sami anglairakên pangapuntên. Sanjan-sanjan ingkang kados makatên wau dipun wastani: silaturahmi.

Dene têgês pikajêngipun têmbung wau ingkang salugu botên makatên, inggih punika ngrakêtakên lan nanêm wiji katrêsnan dhatêng kadang kulawarga, sarana lampah punapa kewon,kemawon. sanajana namung uluk salam. Dene kosok-wangsulipun têtêmbungan wau inggih punika: qat ur-rahmi, têgêsipun: mêdhot katrêsnan lan mêdhot pasadherekan. Ukumipun karam, benjing wontên ing akherat badhe kaukum siksa ingkang langkung awrat. Sanajan ing donya têmtu wontên piwalêsipun, inggih punika mêdhotakên kasaenan lan botên ngêmungakên makèwêdi dhatêng lampah punapa kemawon, nanging ugi nuwuhakên kasusahan pintên-pintên.

Têmbung: 'id, inggih punika saperanganing têmbung 'idul-fitri, têgêsipun: pista, manahipun sami bingah, jalaran sampun sami nglampahi kuwajibanipun kanthi sagêd nanggulangi godha. Wontên dhawuhipun Kangjêng Nabi S.A.W. ingkang têgêsipun makatên: dintên bakda punika sanès dintên ingkang mligi kangge nyandhang mangangge ingkang sarwa sae, nanging kêdah mangangge kados padintênan kemawon, sukur ngangge pangangge ingkang dèrèng dipun angge nindakakên maksitat.maksiyat. Inggih makatên punika ingkang têtêp nama bakda.

Ngawontênakên sandhangan enggal prêlu kangge bakda, môngka taksih gadhah sandhangan ingkang pantês lan nyêkapi, punika kirang prayogi jalaran Allah Tangala tuwin Kangjêng Nabi S.A.W. botên paring dhawuh. Punapa malih anggènipun têtumbas wau sarana nyambut-nyambut, ingkang wêkasanipun adamêl kamlaratan, punika malah dados karam, jalaran kalêbêt riya, rêmên dipun alêm.

--- 1218 ---

Miturut ungêling Koran anggènipun Allah Tangala nurunakên ayat Koran, inggih wontên ing wulan Ramalan. Mila para kaum muslimin ing salêbêtipun wulan Ramalan sami maos Koran, sakêdhik-sakêdhikipun katam sapisan. Kêmpal ngaos Koran punika dipun wastani: darusan. Têmbung: darus, punika inggih têmbung isim masdar, sanès têmbung tanduk. Têmbungipun tanduk: andarus, têgêsipun andêrês, mangsuli bokbilih supe. Têmbung darusan, punika botên ngêmungakên kêmpalan ngaos Koran ing wulan Ramalan kemawon, sanajan ing dintên sanès lan piyambakan, janji andêrês, inggih nama darusan.

Kangge lumayan, ing ngandhap punika wontên sêkar Asmaradana, mêndhêt dhasaripun ayat-ayat Koran ingkang isi bab siyam, murih botên sagêd supe, bilih siyam punika dhawuhing Robul Ngalamin, dhatêng papara. muslimin, kasêbut ing Koranulhakim.

Asmaradana

Surat 19 ayat 26

kawula nêdya ngabêkti / maring Allahu Tangala / anut agama lampahe / mbêktamba sarana pasa / amêkak kêkarêpan / sumingkir ing parapadu / salêbêtnya wulan pasa //

Surat 2 ayat 183

dhuh para kang samya eling / kang padha iman mring Allah / dieling maring wajibe / kuwasa ing wulan Ramlan / kaya kang wus kalakyan / amrih sriranta rahayu / tan luput ing pangrêksanya //

ayat 184

laminya puasa pasthi / wus ana anggêr-anggêrnya / pinathok kèhing dinane / kalamun ana alangan / lara myang sabangsanya / utawi lagi lumaku / puasa kêna sêmaya //

laminya dènnya nyauri / gènnya lowong nora pasa / sapira kèhe dinane / tumrap wong kang ora kuwat / nahan luwe tan bisa / kêna tinêbus ing butuh / sadhakah mring pra sangsara //

upami ati sinêlir / wêlas mring sasama-sama / luwih-luwih mring pra kere / yaiku jalma utama / lamun nglampahi pasa / tandhane atinya mulus / nêtêpi mring kawruhira //

ayat 185

sasi Ramlan wus pinilih / kinarya nurunkên Koran / panuntune jalma kabèh / isinya katrangan nyata / lan nuduhkên bedanya / ngamal ala lawan mulus / kang munpangat donya kerat //

kang mangkono iku wajib / sing sapa ing wulan Ramlan / sasasi ing omah bae / iku dèn wajibkên pasa / lamun ora alangan / lara utawa lumaku / lowongnya dèn saurana //

--- 1219 ---

MUNPANGATIPUN PANGAJARAN LUHUR TUMRAPIPUN NUSA LAN BANGSA

(saking Mr. R. SOEWANDI)

Ordonnantie bab pangajaran luhur ing tanah ngriki punika ingkang dipun angge conto anggêr-anggêr pangajaran luhur ing nagari Walandi.

Miturut ungêlipun ordonnatie wau pangajaran luhur ing tanah ngriki punika kajêngipun, sapisan: supados saking sakêdhik wontêna dèrèng badhe marsudi kawruh saking kajêngipun piyambak; ingkang kaping kalih: kangge nyadhiyani pangkat ingkang bêtah dhatêng tiyang ingkang angsal pangajaran inggil.

[Grafik]

Mr. R. Soewandi

Dados pamarentah anggènipun ngawontênakên pangajaran luhur wau karsanipun wontên kalih warni: damêl tiyang ingkang rêmên marsudi kawruh piyambak, kalihan damêl calon punggawa kangge nyadhiyani pangkat, ingkang namung mbêtahakên dhatêng tiyang ingkang angcalangsal. pangajaran inggil.

Sadèrèngipun wontên krêntêg niyat damêl pamulangan luhur piyambak, punika ing ngriki sampun dangu anggènipun nganggèkakên tiyang-tiyang ingkang sami angsal pangajaran inggil, angsal-angsalanipun pancèn inggih munpangati.

Mênggah pasinaonipun tiyang-tiyang wau punika sami wontên ing pamulangan luhur ing nagari Walandi utawi inggih ing sanès nagari. Ngantos lajêng wontên pandugi bilih tiyang ingkang badhe nyêpêng pangkat dados pangajêng wontên ing tanah ngriki punika botên kenging botên kêdah tiyang ingkang angsal pangajaran ing tanah Eropah. Saya tumrapipun bangsa Indonesia, sinau wontên ing tanah Eropah punika botên namung prêlu kangge pados kawruh, ugi prêlu ing ngatasipun kasusilanipun utawi kangge njêmbarakên wawasan. Wosipun soksintêna ingkang sampun sinau wontên ing Eropah, punika raosipun kadosdene sampun tanggêl bilih kawruh utawi pangkat ingkang badhe dados sêsanggènipun, punika tumindakipun tamtu badhe botên anguciwani.

Pamanggih ingkang kados makatên wau wontên ing sakiwa têngênipun taun 1920 ewah, inggih punika nyarêngi kalihan Koninklijk instituut voor hooger technisch onderwijs in Nederlandsch-Indie anggènipun ngêdêgakên Technische Hoogeschool ing Bandung. Ewahipun jalaran dipun pêksa dhatêng kawontênan ingkang wontênipun jalaran saking pêrang donya ingkang rumiyin, utawi inggih jalaran saking mêkaring pangajaran ing tanah ngriki, ingkang baku inggih punika saking wontênipun rakitan Mulo-A.M.S. anggènipun dados sisihanipun H.B.S. tuwin lajêng wêwahipun pamulangan ingkang adhêdhasar kilenan.

Sanajan kala samantên taksih kathah ingkang gadhah pamanggih bilih tanah ngriki punika dèrèng wancinipun dipun sukani pangajaran luhur, ewadene ing nalika taun 1918 pamarentah sampun ngrumiyini, mratelakakên dhatêng Volksraad lantaran wêwakilipun ing bab pangajaran, bilih parentah yakin manawi pangajaran luhur ing tanah Indhia punika rèhning badhe gêsang samad-sinamadan kalihan jagat pikiran umum, kajawi badhe nginggahakên tataranipun jagat pikiran umum wau, tamtu inggih badhe ngumbulakên tataranipun piyambak.

Bibar ngêdêgakên Technische Hoogeschool ing taun 1920 (sampun kacariyosakên ing ngajêng, sakawit ingkang ngêdêgakên bêbadan partikêlir, ing taun 1925 kaliyêr dhatêng nagari), ing taun 1924 nagari piyambak ngêdêgakên Rechtshoogeschool, lajêng ing taun 1927 Geneeskundige Hoogeschool. Salajêngipun sampun sami kasumêrêpan, bilih enggal mangke ing Geneeskundige Hoogeschool ugi dipun wontêni wulangan ing bab prakawis-prakawis ingkang badhe dados wiwitanipun pamulangan luhur babagan Landbouw, sarta sadintên kalih dintên êngkas pamulangan luhur prakawis kasusastran inggih badhe dintên tapukakên.

Makatên babadipun cêkakan bab jumêdhulipun pangajaran luhur ing tanah ngriki, botên mawi nyariyosakên mingsad-mingsêdipun utawi ajêging pamanggih-pamanggih tuwin timbangan-timbangan ingkang mastani sagêd utawi prayogi manawi pangajaran wau dipun wontênakên.

Samangke ingkang badhe kula aturakên inggih punika munpangatipun pangajaran-pangajaran wau tumrapipun ing tanah ngriki.

Sakolahan luhur punika manawi badhe ngêdêgakên anggènipun milih ingkang pundi ingkang dipun êdêgakên rumiyin mawi ngèngêti kabêtahan, têgêsipun tiyang utawi punggawa wêdalan pamulangan luhur punapa ingkang dipun bêtahakên. Inggih awit saking ngèngêti kabêtahan wau mila ingkang dipun êdêgakên rumiyin pamulangan luhur technisch (T.H.) lajêng pamulangan luhur pangadilan (R.H.) lajêng pamulangan luhur dhoktêr (G.H.). Awit ingkang dipun bêtahakên rumiyin pancèn bangsa techniek, nomêr kalih bangsa ahli kukum, nomêr tiga bangsa dhoktêr. Makatên ugi wontênipun lajêng dipun wêwahi mulangakên kawruh wiwitan tumrap pamulangan luhur têtanèn, punika bukunipun ingkang dados timbangan inggih awit para hali têtanèn ingkang

--- 1220 ---

dados kabêtahanipun tanah ngriki punika benjingipun sinaunipun inggih kêdah wontên ing ngriki.

Dados adêgipun pamulangan wau jalaran pancèn wontên kajêng, bilih tanah ngriki punika anggènipun bêtah dhatêng tiyang ingkang angsal pangajaran luhur, kêdah dipun cêkapi ngriki piyambak.

Awit saking punika kenging dipun grêba bilih ingkang dipun ayahi dhatêng pangajaran luhur ing tanah ngriki punika ing wêkdal samangke ingkang baku inggih punika nyadhiyani pangkat, dados ragi sawatawis nyingkur dhatêng kajêng sanèsipun, inggih punika, ndhidhik sagêda wontên dèrèng marsudi kawruh piyambak.

Ingkang makatên wau botên prêlu dipun kuwatosakên. Awit sanadyan ing nagari ingkang pamulanganipun luhur sampun lami anggènipun andayani dhatêng bêbrayan, ayahan ingkang angka satunggal wau mawi katimbang kalihan ingkang angka kalih inggih taksih nama awrat ingkang angka satunggal. Mangka sawêg sapintên laminipun ing tanah ngriki wontên pangajaran luhur wau? Manawi ngèngêti sampun sapintên para mahaguru anggènipun sami nyawabi dhatêng ajêging jagat pikiran ing tanah ngriki, inggih sampun nama anyênêngakên.

Wontên ingkang saya ngagêngakên pangajêng-ajêng malih, inggih punika dene ing wêkdal samangke sawêg dipun panggalih badhe mbangun tatananipun pangajaran luhur ing tanah ngriki. Awit manawi tatanan sampun dipun bangun, punika daya ingkang dipun pengini tiyang kathah, inggih punika dayanipun pangajaran luhur anggènipun nggigah dhatêng gêsang bêbrayan, tamtu badhe saya sangêt.

Mênggah daya panggigah ingkang kula aturakên wau, punika wontênipun botên namung saking adêgipun faculteit kasusastran kemawon, ingkang anggènipun ngêdêgakên pancèn mêngku pangajêng-ajêng sagêda dados pusêring kabudayan ingkang awêwaton kawruh, nanging wontên malih sanèsipun. Inggih punika, kadosdene ingkang sampun kawartosakên ing sêrat-sêrat kabar, anggènipun wontên sêdya tumuntên badhe nyatunggalakên pangajaran-pangajaran luhur wau dados satunggal sa-uni-versiteit.

Nyêlani atur: sanadyan faculteit kasusastran, punika nalikanipun badhe ngadêgakên ingkang kenging dipun wastani sabab ingkang baku inggih punika niyat nyadhiyani punggawa.

Pangajaran luhur pintên-pintên punika manawi lajêng kaklêmpakakên dados satunggal sa-universiteit, dayanipun dhatêng jagat pikiran utawi jagat kawruh tamtu langkung prêmati tinimbang manawi satunggal-satunggalipun madêg piyambak. Lajêng wontên malih pikangsalipun dados satunggal wau, inggih punika para mahaguru utawi mahasiswa ing pamulangan lajêng sagêd sêsrawungan utawi gêthok tular, wusananipun tamtu badhe damêl ajênging kawruh utawi indhaking pangaji-ajinipun satunggal kalihan sanèsipun.

[Grafik]

Gêdhong Universiteit Leiden.

Kawontênan ingkang sae sadaya wau sampun tamtu kemawon badhe ambrêkahi dhatêng gêsang bêbrayan ing papan dunungipun universiteit. Dados ugi kenging dipun ajêng-ajêng nagari kula ngriki sakêdhap malih tamtu badhe sagêd ngraosakên brêkahipun pamulangan luhur ingkang dipun tata kados ingkang kapratelakakên ing nginggil.

Lajêng wontên malih paedahipun pangajaran luhur ing tanah ngriki ingkang ugi prêlu dipun uningani.

Tanah ngriki punika pamêdalipun kathah sangêt. Jalaran saking kathahing pamêdal wau nagari kula ngriki punika ing bab dêdagangan kalihan mancapraja agêng sangêt wigatosipun.

Dados manawi pangajaran luhur ing tanah ngriki punika punapa-punapanipun sagêd dipun akèni saenipun dhatêng liya nagari, têmtu botên namung dados pusêring kawruh tumrap nagarinipun piyambak, nanging ugi dados pusêring kawruh ing satanah Asia wetan, salajêngipun tamtu lajêng gadhah daya panarik tumrapipun mahasiswa ing sajawining nagari.

Dados ing bab ngajêngakên praja ngantos sagêd dados nagari ingkang tumrapipun pasrawunganipun tiyang sajagat botên anguciwani, punika pangajaran luhur ing tanah ngriki inggih tumut ngajêngakên.

--- 1221 ---

Technische Hoogeschool (Pamulangan Luhur Tehnik)

Saking Ir. R. Ukar Bratakusuma

Pamulangan insinyur ing Bandung punika sami-sami pamulangan luhur ing tanah ngriki madêgipun rumiyin piyambak. Tumraping bangsa Indonesia adêging pamulangan wau atêgês jumêdhuling jaman enggal, ugi atêgês tumapak ing tataran kamajêngan ingkang badhe jêmbar têbanipun. Jalaran ajining pamulangan luhur punika botên cêkap kaukur mawi ukuran kathahing academici wêdalan pamulangan wau kemawon, utawi mawi tuwin pigunanipun tênaga tumraping gêsang sêsrawungan, nanging ugi anggènipun adamêl mêkaring pikiranipun ra'yat Indonesia ingkang kathahipun miliunan. Kawruh saking pamulangan luhur punika nuwuhakên pikajêngan tuwin krêkating bangsa, wohipun nyaèkakên utawi ngagêngakên padamêlan kula sadaya, ingkang wusananipun sagêd adamêl kamajênganing panggêsangan.

Tumrap sanagari utawi bangsa ing jagat internationaal pamulangan luhur punika pigunanipun ugi botên sakêdhik. Kadospundi ajinipun nagari ingkang babar pisan botên gadhah pamulangan luhur?

Miturut sêrat karanganipun I. W. Minister Welter ing taun 1933 makatên:

Tumrap satunggaling nagari, kadosdene Indië, ingkang baku kangge ngajêngakên, inggih punika kapintêran lan arta internationaal, lan kêdah sagêd pamilihipun kawruh, ingkang dening nagari sanès kaanggêp dados ukuraning ajinipun. Ing salêbêtipun dasanan taun, kawruh ing Indië sampun kaangêp sae, mila kêdah dipun jagi.

Panjaginipun botên wontên sanès kêjawi mawi ngêdêgakên pamulangan luhur.

Adêging pamulangan insinyur ing Bandung punika jalaran saking ada-adanipun golongan ing nagari Walandi sawatawis. Ing salêbêtipun taun 1917, kaum dagang, indhustri, para kaum lêlayaran tuwin cultures ing nagari Walandi tuwuh pikajênganipun suka tandha kawigatosan dhatêng kamajênganing tanah Indonesia, inggih punika awujud pamulangan insinyur. Dene ingkang dados bakunipun, jalaran arta Walandi mbêtahakên sangêt dhatêng tênaganing para insinyur.

Cêkakipun lajêng sami ngêdêgakên pakêmpalan ingkang dipun namakakên "Koninklijk Instituut voor hooger technisch onderwijs in Ned. Indie" sarta lajêng ngêmpalakên arta kangge ngragadi ingkang dados idham-idhamanipun. Dumugi taun 1919 pakêmpalan wau sampun gadhah arta langkung saking tigang milyun rupiyah. Ingkang dados pangarsaning pakêmpalan wau Tuwan Dr. J.W. Ijzerman, sarta dipun awat-awati Raad van Beheer dipun pandhegani Tuwan dr. C.J.K. van Aalst. Ing Raad wau ugi wontên wêwakiling departement van kolonien.

Pamulangan insinyur wau pambikakipun kala tanggal 3 Juli 1920, ingkang mbikak Ingkang Wicaksana Kangjêng Tuwan Guprênur Jendral Mr. J.P. Graaf van Linburg Stirum. Kala samantên ingkang dados rector magnificus (professor) inggih punika Tuwan Prof. Ir. J. Klopper.

Ing sakawit pamulangan wau namung gadhah afdeeling satunggal, inggih punika afdeeling weg-en waterbouwkunde (civiel). Dene wontênipun afdeeling scheikunde kala taun 1940, dados kalih dasa taun sasampunipun ngadêg.

Mila ingkang dipun wontêni langkung rumiyin afdeeling civiel, jalaran afdeeling wau tanah ngriki punika mbêtahakên sangêt.

Ing sakawit, dangunipun sinau namung 4 taun, botên kados pamulangan insinyur ing Delft, inggih punika 5 taun. Ewadene murih piwulanganipun sami kalihan pamulangan insinyur ing Delft, tatananipun ingkang dipun damêl beda, makatên ugi liburanipun. Ingkang makatên wau wohipun sagêd nyênêngakên. Miturut ngandikanipun pamarentah, insinyur wêdalan ing Bandung kasagêdanipun botên kawon kalihan ingkang wêdalan saking Delft. Para student-student kabiyantu dening para professor gadhah atur panuwun dhatêng pamarentah murih dangunipun pasinaonipun kadamêl 5 taun sami kalihan ing Delft, jalaran rumaos awrat. Pamarentah amarêngakên. Wiwit taun 1940 dangunipun sinau dipun wêwahi sêtaun.

Ing nginggil sampun kacariyosakên bilih pamulangan insinyur ing Bandung punika pamulangan partikêlir, ingkang ngêdêgakên sarta ingkang ngurus "Koninklijk Instituut voor Hooger technisch onderwijs in Ned-Indie.

Miturut prajanjian nalika ngêdêgakên, ing wulan October 1924 pamulangan wau badhe kapasrahakên dhatêng nagari. Ingkang makatên wau inggih kalampahan kala tanggal 18 October pamulangan wau saèstu kapasrahakên, mawi dipun jênêngi I.W.K.T. Guprênur Jendral Mr. D. Fock.

Ing nginggil sampun kacariyosakên danguning sinau lan mawi nyêbut-nyêbut pamulangan insinyur ing Delft. Wulangan ing pamulangan insinyur ing Delft punika ingkang baku inggih bab civiel, jalaran nagari Walandi inggih mbêtahakên ing bab wau. Nanging ricikanipun botên sami kalihan pamulangan insinyur ing Bandung.

Kapisan: piwulang "civiel techniek" ing nagari Walandi punika inggih beda kalihan tanah ngriki. Upami bab "waterbouwkunde". Tumrap ing nagari Walandi waterbouwkunde punika bakunipun kangge nyingkirakên toya ingkang kaanggêp mêngsah, sampun ngantos mbêdhah bêndungan, têrus ngêlêbi griya-griya, pêkarangan ingkang dunungipun andhap.

Nanging tumrap ing Indonesia kosok-wangsul. Lampahing toya dipun tuntun murih sagêd sae, sagêd ngêlêbi pasabinan. Toya kaanggêp mitra

--- 1222 ---

sinarawèdi, suka panggêsangan, suka jat-jat ingkang dados kabêtahaning pantun.

[Grafik]

Pamulangan Luhur Tèhnik nalika kadamêl.

Jalaran saking bedaning panganggêp wau, sanajan sami dene bab toya, caking padamêlan inggih têmtu beda, dados inggih beda piwulangipun tumrap toya.

Kaping kalihipun: nagari Walandi punika kawontênanipun beda kalihan tanah Indonesia. Nagari Walandi papanipun radin, nanging ing Indonesia parêdèn. Dados caking padamêlanipun insinyur ing nagari Walandi bab ndamêl krêtêg utawi wêwangunan punapa kemawon, têmtu beda kalihan ing tanah Indonesia. Dados piwulangipun inggih beda.

Kajawi punika caking padamêlan insinyur ugi gumantung dhatêng bab sanès-sanèsipun, upami bab kaprigêlanipun ingkang sami nyambutdamêl, pirantosipun tuwin barang-barangipun ingkang kapigunakakên tuwin sanès-sanèsipun.

Bab-bab ingkang kados makatên wau tumrap ing nagari Walandi beda sangêt kalihan ing Indonesia. Dados botên nggumunakên manawi insinyur wêdalan Delft kalihan insinyur wêdalan Bandung, sanajan sami insinyuripun, sami titêlipun, nanging beda pêngalamanipun.

Gêsangipun bangsa Indonesia punika gumantung dhatêng têtanèn, sanajan para kaum dagang, para ingkang gadhah pabrik, tuwin para ambtenaar. Asiling têtanèn têmtu botên sagêd kathah, yèn toya ingkang baku kangge kaprêluwaning gêsangipun têtanêman botên katata sae. Kula sadaya kêdah muji sukur bab wontêning pamulangan insinyur ing tanah ngriki. Kula sadaya sampun sami mangrêtosi bilih ngriki sugih toya, botên sadangunipun nuruti pikajênganipun tiyang. Wontên panggenan ingkang mirah toya lan wontên ingkang awis toya. Toya ingkang langkung, kabucal, kanthi botên ngganggu bandhaning sanès. Adêging pamulangan insinyur têmtu adamêl karaharjaning bangsa kula sadaya.

Kajawi nata toya, ugi nata bab lampahing asil siti ingkang badhe kasade dhatêng pêkên-pêkên, utawi ingkang badhe kakintunakên dhatêng nagari sanès mêdal palabuhan. Bab pandamêling palabuhan murih lampahing kapal ingkang badhe mbêkta bêbêktan sagêd sakeca, ugi kêdah migunakakên kawruh techniek.

Ekonomi tuwin tèhnik punika botên kenging pêthal. Majênging ekonomi ing satunggaling nagari kêdah sêsarêngan kalihan ajênging tèhnik. Makatên ugi yèn tèhnikipun majêng, utawi luhur, têmtu lajêng narik dhatêng majênging ekonomi. Dayaning ekonomi lan tèhnik punika sami. Manawi ajênging tèhnik ing salah satunggiling nagari dipun alang-alangi, ajênging ekonomi têmtu lajêng kandhêg. Yèn ngèngêti kaprêluan-kaprêluan kasêbut nginggil, prêlu sangêt wontênipun pamulangan wau.

Mbokmanawi wontên ingkang gadhah pamanggih bilih ing tanah ngriki punika botên pêrlu ngêdêgakên pamulangan luhur, awit wragadipun botên sakêdhik, insinyur ndhatêngakên saking nagari sanès sagêd. Makatên punika inggih lêrês, nanging tumrap nagari ingkang nêdya majêng, nêdya nunggil tataran kalihan bangsa sanès ingkang sampun majêng, kêdah mbudidaya murih sawarnining padamêlan katindakna bangsanipun piyambak. Inggih ngêmungakên bangsanipun piyambak ingkang suka kamajêngan ingkang lêrês, miturut wèting alam ing satunggal-satunggaling nagari.

--- 1223 ---

[Grafik]

Pamulangan Luhur Tèhnik sinawang saking katêbihan.

Ngèngêti ingkang makatên wau, kula rumaos eman sangêt dene para neneman bangsa Indonesia namung sakêdhik sangêt ingkang sami nggatosakên dhatêng pamulangan insinyur, yèn katandhing kalihan pamulangan luhur sanèsipun. Kintên-kintên sadasa taun ingkang kapêngkêr, ingkang lumêbêt dhatêng pamulangan luhur insinyur, nitik cacahipun, kenging dipun wastani tanpa têgês.[Grafik]. Punapa malih tumrap bangsa Sundha, dumuginipun samangke ingkang mlêbêt ing sêkolahan wau namung satunggal kalih. Mila cacahipun insinyur bangsa Sundha dèrèng langkung saking sadasa.

Ing mangka student-student bangsa Indonesia punika yèn dipun tandhing kalihan bangsa sanès ing bab kaprigêlanipun, botên kawon, sanajan kawontênanipun ing bab arta langkung rêkaos.

Dados bangsa Indonesia punika gadhah dhasar bab tèhnik. Têtanèn, ingkang dados pusêring panggêsanganing bangsa Indonesia, tansah adamêl kulina dhatêng tèhnik. Sarèhning tèhnik ingkang makatên wau anggènipun nindakakên sabên dintên, mbotên nggumunakên bilih tèhnik wau sampun dados kulit dagingipun bangsa Indonesia.

Manawi kita dolan-dolan dhatêng padhusunan, têmtu sumêrêp caking padamêlan padintênan ingkang minangka dados bukti bilih bangsa kita punika prigêl dhatêng tèhnik. Dhêdhasaring bangsa kita ingkang makatên wau, bangsa sanès inggih angakêni. Contonipun: satunggaling wêkdal kula ningali pabrik damêl barang-barang siti ing Bandung, inggih punika pabrik ingkang agêng piyambak sa Indonesia. Kula dipun jak mubêng-mubêng ingkang gadhah pabrik ningali mêsin-mêsinipun, sarta katêrangakên caranipun ndamêl barang siti rupi-rupi. Wontên salah satunggiling mêsin ingkang anggèn kula ningali ngantos dangu. Kula nggagas makatên: "kang duwe mêsin kaya ngene iki mung aku dhewe. Mula bukane aku bisa nindakake pagawean iki. Upama dhèwèke kuwi duwea dhasar, panggawene mêsin têmtu luwih bêcik tinimbang duwèkku." Lajêng kasambut gagasan makatên: "Iya, bangsa Inlander kuwi, sanaja cilik, nanging kawruhe bab tèhnik; boleh coba."

Mugi-mugi kemawon bangsa kula sami puruna njêmbarakên dhatêng padamêlan tèhnik, awit pancèn sampun salaras kalihan dhasaripun. Sarta malih salajêngipun, sadaya padamêlan ingkang gandhèng kalihan tèhnik, ingkang pêrlu kangge nyêkapi kabêtahaning nagari, wiwit tataran ingkang inggil ngantos dumugi ingkang andhap, sagêda katindakakên bangsa kula piyambak.

--- 1224 ---

Wigatosipun Pamulangan Luhur Kukum

(saking Mr. R. Abdoerachim Kartadjoemena)

Ing suwau ingkang dipun têdhani Bale Pustaka lêlantaran tw. Sacadibrata punika Mr. Dr. Supomo, guru sarta ahli marsudi kukum ngadat ingkang misuwur, supados kêparêng nyumbang karangan bab pamulangan luhur kukum. Ananging kabêkta saking kathahing pandamêlan, langkung-langkung gêgayutan kalihan anggènipun katêtêpakên dados warga "Commissie ter bestudeering van staatsrechtelijke hervormingen", panjênênganipun botên sagêd minangkani panêdhanipun Bale Pustaka wau, lajêng nuding dhatêng kula, kapurih ngliyêr pandamêlan wau. Punika inggih lajêng kula sagahi, namung kanthi raos mangu-mangu. Sapisan kula rumaos bêgja dene panjênênganipun kêrsa nuding dhatêng kula. Kosok wangsulipun, kula inggih mangrêtos, bilih wohing pèn kula ingkang kula aturakên dhatêng para maos punika inggih namung kados dene slundhingan, tangèh mapakana andharan ingkang dipun slundhingi, inggih punika andharan ingkang mijil saking astanipun Mr. Dr. Supomo piyambak.

[Grafik]

Mr. R. Abdurachim Kartajumêna

Pamulangan luhur pusêring kawruh.

Pamulangan luhur kukum punika botên namung nama pamulangan, inggih punika papaning tiyang ngangsu sêsêrêpan ingkang angèl-angèl namung inggih pamulangan luhur, dados ngêmu kajêng bilih ingriku punika dados pusêring kawruh. Sêsêrêpan punika bakunipun namung nyumêrêpi utawi mangrêtos dhatêng samukawis ingkang wontên. Tumraping gêsang padintênan, utawi tumraping praktik, pancèn agêng sangêt gunanipun. Nanging manawi kawruh radi beda, langkung inggil malih tinimbang kalihan sêsêrêpan. Kawruh punika jangkanipun badhe nyakup sawarnining kawontênan kagêmblêngakên dados satunggal. Sabên kawontênan dipun gathuk-gathukakên, dipun papan-papanakên, ngantos sawarnining kawontênan wau katingal gêmblêng dados satunggal runtut tumata manut lampahing nalar. Satunggal-satunggaling kawontênan ingkang sampun manunggil wau, katingal pilah-pilahipun sarta katingal wigatosipun piyambak-piyambak.

Teyori kalihan praktik

Ahli praktik inggih punika tiyang ingkang pana, kathah sêsêrêpanipun dhatêng ambah-ambahipun piyambak. Ananing samangsa mêdal saking ing ambah-ambahipun, lajêng kados tiyang wuta kêtawur wontên ing madyaning tiyang kathah. Punapa-punapa katingal enggal utawi dèrèng nate sumêrêp. Botên mangrêtos, bilih ing salêbêting barang ingkang enggal wau lêrêsipun wontên prakawis ingkang sampun dipun mangrêtosi. Ing bab makatên punika ahli praktik kêdah mêguru dhatêng ahli teyori, jalaran ahli teyori sagêd ngonangi yèn ing salêbêting barang enggal wau wontên sipat-sipat utawi titik-titikan ingkang sampun dipun sumêrêpi.

Praktik tanpa teyori sami kalihan tiyang wuta, mlampah tanpa mripat. Kosok wangsulipun ahli teyori ingkang botên mawi mraktikakên, punika inggih lajêng dados botên nyata, botên cocog kalihan kawontênanipun ing sanyatanipun.

Ahli teyori ingkang makatên punika badhe musna kêlêm wontên ing samodraning gagasan, samodraning pangangên-angên ingkang suwung blung tanpa ngêdalakên woh punapa-punapa. Jêr piyambakipun botên mangrêtos, bilih prakawis ingkang "mutlak", punika sanyatanipun inggih namung pinanggih wontên ing prakawis ingkang "kusus", wontên ing barang-barang satunggal-satunggalipun. Mila, teyori tanpa praktik punika kopong. Kawruh punika nyakup sarta mangrêtos dhatêng samukawis ingkang katingal.

Pamulangan luhur kukum punika punapa namung kangge ngipuk-ipuk ahli teyori? Botên. Wulangan dados ahli kapradatan (jurist) punika botên wontên cêngkah-cêngkahan teyori kalihan praktik. Bab punika sampun dipun têrangakên cêtha dhatêng panjênênganipun Prof. Scholten nalika madêgipun pamulangan luhur kukum ing taun 1924. Sampun sami kawuningan, bilih Prof. Scholten wau priyagung ingkang pinatah cêcawis ngêdêgakên sarta mangarsani Faculteit ing Pamulangan Luhur

--- 1225 ---

Kukum sawatawis wulan ing sadèrèngipun pangarsa ingkang baku inggih punika Prof. van Kan dhatêng.

Saking sakêdhik samangke sampun dumugi ingkang kaping tiga. Pamulangan luhur kukum punika, botên namung pamulangan, lan inggih botên namung pamulangan luhur, nanging pamulangan luhur babagan kukum, dados kalêbêt yêyasan ingkang mulangakên tuwin ingkang nyinau babagan kukum. Ingkang nyinau babagan kukum wau botên namung para sêtudhèn, mahagurunipun inggih tumut nyinau. Lakar makatên punika tandha-tandhanipun pangajaran luhur. Pandamêlanipun para guru ing pamulangan luhur, botên ngêmungakên mulang, botên ngêmungakên nuntun dhatêng murid-muridipun, ananging inggih tumut nitipriksa sarta ngajêngakên kawruh, ingkang angsal-angsalaning pamarsudinipun inggih lajêng kangge sêsuluh dhatêng gêsang padintênan dhatêng praktik. Dene anggènipun suka sêsuluh, kêjawi sarana ngêdalakên buku-buku utawi sêsorah-sêsorah, inggih awujud palapuran pêthingan (deskundigeverslagen) inggih punika manawi dipun têdhani rêmbag dhatêng pradata ingkang kêlêrês mutusi prakawis ingkang angèl utawi mrangguli paugêraning kukum ingkang mêngêng. Makatên ugi wontên ing kumisi-kumisi yasan nagari, sêsuluh wau (lêrêsipun manawi wontên ing komisi makatên punika botên nama sêsuluh) inggih sagêd kacungulakên.

[Grafik]

Gêdhong Pamulangan Luhur Kukum.

Kosokwangsulipun para muridipun, inggih botên namung mligi nampèni piwulangipun guru kemawon, nanging ugi tumandang piyambak nglari kalêrêsan utawi kanyataan. Wontên ingriku sami sinau tumandang piyambak kanthi tata, sinau sagêd mada-maoni dhatêng punapa kemawon ingkang dipun sumêrêpi.

Kukum punika punapa?

Wau kula aturakên, bilih wontên ing pamulangan luhur kukum punika sinau kukum.

Kukum ingriku kajêngipun: pranatan, ingkang nêdahakên paugêraning tindak-tanduking manungsa sanèsipun. Dados kukum punika ngêwrat pranataning ngagêsang, ingkang cak-cakanipun sagêd mawi pamêksanipun nagari. Kukum kabedakakên dados kalih, kukum kasêrat kalihan kukum botên kasêrat. Kukum pidana (strafrecht) punika tumrap tiyang ing riki sadaya, golongan bangsa punapa kemawon, nama kukum kasêrat. Ananging manawi kukum sipil (privaatrecht), tumrap bangsa Walandi tuwin bangsa ngamanca wetanan, kukum kasêrat; dene yèn tumrap bangsa Indonesia, kukum botên kasêrat.

Kukum punika salaminipun namung tumrap dhatêng manungsa, sarta manungsanipun inggih kêdah gadhah raos kados makatên wau. Mila nyinau prakawis kukum botên badhe sagêd manawi botên mawi nyinau dhatêng kawontênaning manungsa ingkang katumrapan ing kukum wau. Margi saking punika, ing pamulangan luhur kukum wau inggih kawajibakên nyinau kawruh bangsa tuwin basa ing Indonesia ngriki apêsipun satunggal. Makatên ugi bab thêk kliwêring ekonomi, langkung-langkung ekonomi padhusunan, punika inggih dipun gatosakên sangêt.

Prakawis ingkang tuwuhipun jalaran saking cêngkahing kabêtahaning manungsa, punika tanpa wicalan kathahipun. Kukum kêdah suka ancêr-ancêr, nêdahakên pundi ingkang lêrês lan pundi ingkang adil piyambak, punapadene pundi ingkang prêlu katindakakên awit saking ngèngêti tata têntrêming umum. Sagêdipun makatên, botên sanès kêjawi para marsudi

--- 1226 ---

kukum sami mangrêtos dhatêng kabêtahaning satunggal-satunggaling tiyang tuwin satunggal-satunggaling golongan. Kabêtahan-kabêtahan wau botên mêsthi awujud kabêtahan wadhag, nanging inggih kêrêp awujud kabêtahan ing gêgêbênganing gêsang kabatosan. Mila inggih prêlu sangêt nyumêrêpi bab tatangadat tuwin tatacara, pamanggih-pamanggih babagan antêping gêsang tuwin kayakinan-kayakinanipun têtiyang dalah sagolong-golonganipun. Makatên ugi inggih prêlu nyumêrêpi kadospundi mênggahing tatanan gêsangipun (anggènipun bêbrayan), upaminipun: punapa manut turunan kadosdene suku ing Minangkabau tiyang marga ing Batak, punapa awêwaton pasitèn kados dhusun-dhusun ing tanah Jawi. Ahli kukum inggih kêdah mangrêtos bab pranataning sêsemahan tuwin pasanakan ingkang tumrap ing satunggal-tunggaling panggenan, makatên sasaminipun. Murih sagêd nyumêrêpi kawontênan-kawontênan wau sadaya, ahli kukum, ahli kawruh bangsa tuwin ahli basa kêdah tansah gandhèng kalihan kawontênan ingkang sanyata.

[Grafik]

Lustrum R.H. taun 1939. Para agêng kathah ingkang sami njênêngi.

Prakawis punika wau sadaya kangge nyinau prakawis kukum ingkang kasêrat, prêlu sangêt; saya malih tumraping nyinau kukum ingkang botên kasêrat, kukum ingkang tumindak tumrap tiyang Indonesia yutan punika, saya prêlu sangêt.

Para marsudi kukum anggènipun nyinau sarta ngêcakakên kukum wau botên ngangge lambaran sêrat kukum utawi sêrat anggêr, margi botên wontên, tiyang botên kasêrat. Mila ahli kukum anggènipun mangrêtos dhatêng kukum ingkang botên kasêrat wau inggih kêdah nyêpliki saking putusan-putusan pangadilan, punika lajêng dipun cocogakên kalihan kawontênaning gêsang bêbrayan ing sanyatanipun, inggih punika ingkang dados wêwayanganing raosipun têtiyang ingkang sami ngangge kukum wau.

Nyinau sarta ngêcakakên kukum ingkang botên kasêrat punika anggènipun kêdah sumêrêp dhatêng kawontênaning gêsang bêbrayan ing sanyatanipun, langkung kathah tinimbang kalihan nyinau sarta ngêcakakên kukum ingkang kasêrat.

Kêjawi sami kawajibakên nyinau kawruh bangsa tuwin basa Indonesia kados ingkang kapratelakakên inginggil wau, para sêtudhên inggih kawajibakên nglêbêtakên karangan satunggal utawi langkung ngêwrat angsal-angsalaning panitipriksanipun piyambak. Karangan punika prêlu kangge nyangkêpinjangkêpi. pêpanggiling èksamên ingkang pungkasan. Prakawis kukum adat kalihan ekonomi punika mèh mêsthi dados ambah-ambahaning panitipriksa wau.

Nitik andharan inginggil wau kados sampun cêkap kangge nêdahakên bilih pamulangan luhur kukum punika dados pusêring kawruh. Saya wigatos malih, dene pamulangan wau inggih mawi nyambutdamêl sêsarêngan kalihan yêyasan-yêyasan kawruh sanèsipun, kados upaminipun Koninklijke Bataviaasch Genootschap van Kunsten en Wetenschappen, Nederlandsch Indische Juristenvereeniging lsp. wontên malih ingkang agêng sangêt aosipun, upaminipun pabukon ing pamulangan luhur kukum kalihan Koninklijke Bataviaasch Genootschap. Pabukon punika sa Indonesia botên wontên ingkang nyamèni pêpak lan kathahipun. Sabên tiyang sagêd tumut maos buku-buku kawruh warni-warni, kalawarti, sêrat-sêrat kabar tuwin sêrat-sêrat sanèsipun ingkang wontên ing pabukon wau.

Kajawi ingkang sampun kula cungulakên sakêdhik nalika ngrêmbag bab kukum adat wau, ing salêrêsipun dumuginipun samangke ingkang kula aturakên namung sawêg wigatosipun piwulang kukum ing umumipun.

Pamulangan Luhur Kukum dados pasimpênaning kawruh Walandi.

Manawi ngèngêti kawontênan intêrnasional ing wêkdal samangke, sarta ngèngêti wigatosipun tanah Indonesia wontên ing salêbêtipun jagat intêrnasional wau, ingriku pamulangan luhur kukum lajêng saya katingal malih wigatosipun.

Sapisan, wigatos sangêt, jalaran namung punika ingkang sagêd suka margi sarta suka wêwêngan marsudi babagan kukum kanthi mardika tanpa karibêdan punapa-punapa. Saperanganing krajan Walandi ing Eropah sampun dhumawah ing rêgêmaning mêngsah. Wontên ingriki tiyang sampun botên sagêd ngudi kawruh kanthi mardika; makatên ugi marsudi bab kaadilan, dados inggih kalêbêt bab kawruh kukum, inggih sampun botên sagêd kanthi mardika. Awit saking punika pamulangan luhur kukum [ku...]

--- 1227 ---

[...kum] ing nagari ngriki lajêng gadhah sêsanggêman awrat nanging mulya, inggih punika nglastantunakên kawruhipun bangsa Walandi ing umumipun, tuwin kawruh babagan kukum ing kususipun, wontên ing nagari ngriki. Manawi kawawas kados makatên punika, gêdhong agêng ing Koningsplein West No. 13 punika inggih lajêng ngêmu pralambang ingkang sakalangkung wigatos. Anjawi punika inggih prêlu dipun èngêti, wontênipun samangke pamulangan luhur kukum punika ngijèni anggènipun dados juru pasok bêbau-bêbau kapradatan ingkang angsal tuntunan sacara kawruh.

Kaping kalihipun, ingkang njalari wigatosipun pamulangan luhur kukum punika kawontênanipun tanah Indonesia kalihan têtiyang Indonesia piyambak.

Amargi samangsa wontên tiyang sagêd punika, satunggal-satunggalipun inggih lajêng kapanduman sêsanggèn agêng sangêt, inggih punika kanthi toging kakiyatan kêdah tumut madhangakên sarta njunjung drajating bangsanipun. Bêbrayan ingriki sampun suka wêwêngan dhatêng tiyang sagêd wau ngantos sagêd nggayuh kasagêdan samantên inggilipun. Mila wajibipun tiyang sagêd, inggih kêdah nanjakakên angsal-angsalanipun dhatêng bêbrayan gêsang ing tanah ngriki. Dene tumindakipun botên mêsthi mawi dipun katingal-katingalakên sarta dipun cungul-cungulakên, namung kanthi kèndêl-kèndêlan kemawon, jêr prakawis punika prakawis ingkang sampun kêdah makatên, têgêsipun sanajana botên mawi dipun katingal-tingalakên, inggih sampun tumut nginggahakên drajating bangsa. Makatên ugi anggènipun nyawabi dhatêng bêbrayan wau, inggih botên mêsthi mêdal ing pakêmpalan-pakêmpalan pulitik. Tumindak piyambakan inggih sagêd damêl lêlabêtan agêng dhatêng bangsanipun. Kêdah dipun èngêti, kathah rêmbag-rêmbag utawi pitêdah ingkang tumrapipun piyambak prakawis ingkang sampun têrang, namung tumraping bangsanipun tiyang mayuta-yuta, dados bandha sêsêrêpan ingkang sakalangkung agêng, sarta kêrêp sagêd njalari lêpatipun saking kapitunan agêng.

Dayanipun sêtudhên dhatêng masarakat.

Sêtudhên punika saupami botên nggêbyur dhatêng kalangan pulitik, mêksa inggih sagêd damêl lêlabêtan agêng dhatêng bêbrayan gêsang. Upaminipun kemawon: tumut mbrastha wuta sastra, suka rêmbag prakawis ingkang gampil-gampil, ndamêlakên rêkès-rêkès, nuntun pakêmpalan-pakêmpalan neneman lsp. Inggih margi taksih kathah sangêt tiyang ingkang dèrèng mêkar nalaripun punika, ingkang murugakên sabên tiyang ingkang sampun langkung majêng, gadhah kawajiban mitulungi sarta nêdah-nêdahakên margining kamajêngan dhatêng sadhèrèk-sadhèrèkipun ingkang dèrèng majêng.

Ing bab ekonomi têtiyang ingriki inggih taksih bêtah sangêt pitulungan tuwin sêsuluh. Bab punika pamarentah sampun suka tuntunan sarta inggih taksih lajêng anggènipun suka tuntunan. Ewasamantên ada-ada tuwin tandangipun tiyang partikêlir mêksa taksih komanan papan ombèr sangêt wontên laladan ekonomi wau.

Kanalaran kalihan kabatosan.

[Grafik]

Mr. Dr. Supomo sawêg nggêlar bab kukum ngadat.

Dumugi samantên, ingkang kula aturakên sawêg bab wigatosipun pamulangan luhur kukum tumrap dhatêng bêbrayan gêsang Indonesia. Dene wigatosipun ingkang tumrap dhatêng sêtudhên piyambak dèrèng cêkap anggèn kula ngandharakên. Bab punika, ingkang sampun kula cungulakên, inggih punika: sêtudhên punika dipun lêlatih nyithak badanipun piyambak ing gêgêbênganing kawruh. Ugi sampun cêtha, bilih panyithakipun wau botên namung ngênêr dhatêng kawruh kukum kemawon, ananging inggih ngênêr dhatêng kawruh sanèsipun ingkang sêsambêtan kalihan bab wau, kados ta kawruh bangsa, ekonomi, kawruh bêbrayan, kawruh basa lsp. Dumugi samantên, wujuding panggulawênthah wau sawêg nama nggulawênthah pikiran (intellect), inggih punika sawêg saperanganing isèn-isèning kabatosanipun manungsa. Sêtudhên kêdah mangrêtos, bilih isèn-isèning kabatosaning manungsa punika, kêjawi bab kalanaran, taksih wontên malih ingkang prêlu kaajêngakên, kados upaminipun agami, kasusilan tuwin raos kaendahan.

Sakathahing isèn-isèn tuwin gêgayuhaning kabatosan wau kêdah kadamêl laras, sami dene kaajêngakên sadaya. Ing bab makatên punika sêtudhên Indonesia têtêp nama kijènan. Dados ing bab ngajêngakên gêgayutaning kabatosan wau pamulangan luhur kukum taksih nama kirang pêpak. Wulangan-wulangan luhur babagan falsafah tuwin agami dèrèng wontên, jêr ngriki dèrèng wontên pamulangandilanjutkan pada hlm. 1228 setelah tanda garis.

--- 1228 ---

Pamulangan Luhur Kadhoktêran ing Bêtawi

(saking Dr. R. D. Asikin Wijaya Kusuma).

Adêgipun.

Pamulangan luhur kadhoktêran punika yêyasan pangajaran luhur ing Indonesia ingkang nomêr tiga. Madêgipun kala tg. 16 Augustus 1927, ingkang napukakên pambikakipun I.W. K.T. Gupêrnur Jendral Jhr. Mr. A. C. de Graeff.

Yêyasan Pangajaran Luhur ingkang kalih, inggih punika :

1. Pamulangan luhur tèhnik ing Bandung, madêgipun kala tg. 3 juli 1920, ingkang napukakên I.W.K.T. G.G. Mr. J. P. Graaf van Limburg Stirum.

2. Pamulangan luhur kukum ing Bêtawi madêgipun kala tg. 28 October 1924, ingkang napukakên I.W.K.T. G.G. Mr. D. Fock.

Wontênipun Pangajaran Luhur Kadhoktêran ing Indonesia punika ingkang baku awit saking pangudinipun sarjana têtiga, inggih punika:

1. swargi Dr. H. F. Roll, kala samantên dados dhirèktur Stovia lami.

2. swargi Dr. j. Noordhoek Hegt, kala samantên inggih dados dhirèktur Stovia lami.

3. Prof. Dr. C. D. da Lange, waunipun guru ing Stovia, sapunika dados mahaguru wontên ing Rijksuniversiteit ing Utrecht.

Jangka bab "yêyasan pamulangan luhur kadhoktêran ing Indonesia punika anggènipun nyungulakên wontên ing masarakat tanah ngriki kala dasanan taun kapêngkêr, sarta anggènipun mujudi jangka wau, punika pancèn bêtah mawi tuntunanipun idham-idhaman luhur tuwin kamêmpêngan ingkang agêng saèstu. Jalaran kala samantên kathah ingkang sami nyêmpaluki, mangka ingkang sami nyêmpaluki wau agêng daya pangaribawanipun. Kathah panga-dilanjutkan pada hlm. 1229.

____________________

[Lanjutan dari halaman 1227]

luhur umum (Universiteit). Namung rahajêngipun, dene sajawining pamulangan luhur kathah sangêt prakawis ingkang kenging kangge njangkêpi kakiranganing para sêtudhèn wau. Kados upaminipun, pamulangan luhur rakyat (Volksuniversiteit), pakêmpalan-pakêmpalan agami, Balai Pêngêtahuan Masarakat Indonesia, pakêmpalan-pakêmpalan kagunan, tuwin kados ingkang sampun kula aturakên ingajêng i.p. bibiliotik Kon. Bat. Genootschap. Saking pamanggih kula, para sêtudhèn inggih kêdah mêkarakên kabatosanipun kangge nimbangi mêkaring kanalaranipun wau.

Drêdahipun Kilèn kalihan Wetan.

Ing wasana prêlu ugi kula aturakên bab karibêdaning para sêtudhèn ing babagan kabatosan sanèsipun. Kêjawi ingkang taksih kênèmên sangêt, para sêtudhèn sami mangrêtos, yèn kamajênganipun punika mangro tingal. Sagolongan, bêtèkipun sadèrèngipun dados sêtudhèn tampi panggulawênthah cara kilènan, lajêng sami mangrêtos saèstu, yèn kabudayan kilènan punika inggih kathah isinipun ingkang sae-sae. Wontên malih ingkang sampun gumregah pangrêtosipun dhatêng kabangsan, lan inggih kathah ingkang gumregahipun wau kanthi mangrêtos saèstu, punika sami mangrêtos yèn kabudayanipun piyambak, ingkang sampun botên kopèn punika, inggih kathah prakawis ingkang agêng sangêt aosipun. Margi saking punika lajêng sami nyobi badhe mêndhêti bandha-bandha kabudayanipun piyambak, ingkang dèrèng dipun sumêrêpi utawi ingkang sawêg dipun sumêrêpi. Tumrap ingkang wiwit alit, kilap wontên ing griya kilap nalika sinau wontên ing H.I.S. sami mbêkta bandha kabudayan sakêdhik-sakêdhik, punika nama bêgja. Ananging kala-kala manawi mrangguli salah satunggaling kawontênan, tiyang-tiyang wau mêksa inggih pakèwêd sangêt anggènipun badhe milih ingkang sae saèstu. Jalaran bandha-bandha kabudayan kita piyambak kathah ingkang kêdah dipun bucal utawi dipun ewahi; manawi botên dipun ewahi isinipun apês inggih kêdah dipun ewahi blêgêripun (wujudipun), kacocogakên kalihan gagasan-gagasan enggal tuwin kawontênan-kawontênan enggal. Manawi ngèngêti agênging bedanipun dhapukan kabatosan kilènan kalihan wetanan,- sanajana kêkalihipun wujud peranganing kabatosaning manungsa umum, ingriku lajêng katingal, bilih dêrdahing wetan kalihan kilèn wontên ing sanubarining para neneman punika kala-kala pancèn gawat saèstu. Mila ing salêbêting jaman ewah-ewahan makatên punika para sêpuh inggih wajib nyêlaki para neneman kanthi mangrêtos dhatêng kawontênaning para neneman wau. Drêdahing batos punika wau ingkang kathah kêdah namung dipun rampungi piyambak, jalaran sabên manungsa punika lêbêt-lêbêtaning gêsanging batosipun inggih dhasar namung piyambak. Ananging manawi kathah ingkang sami nanggapi karibêdan wau kanthi mangrêtos, punika mêksa agêng dayanipun. Tumraping tanah ngriki wontênipun gêgolonganing sêtudhên punika dèrèng dangu (THS 1919, RHS 1924, GHS 1927, manawi ing Leiden tuwin sanès-sanèsipun sampun kala abad 17 utawi sadèrèngipun). Golongan kasêpuhan ingriki sawêg sakêdhik sangêt anggènipun migatosakên golongan sêtudhên wau, mangka pancènipun prêlu kawigatosakên. Lajêng tiyang-tiyang ingkang taksih wuta sastra yutan kathahipun, punika inggih taksih rêkaos sangêt sagêdipun migatosakên dhatêng golongan sêtudhên.

Saking pangajêng-ajêng kula, golongan Indonesia sanèsipun puruna sami migatosakên dhatêng golonganing para sêtudhên wau.

--- 1229 ---

[Lanjutan dari halaman 1228]

jêng-pangajêng ingkang swara sarta pamanggihipun dados bandhul antêp kangge nêtêpakên prakawis-prakawis ingkang wigatos ing masarakat ngriki, sami botên pitados bilih tanah ngriki sagêd ngêdêgakên sarta sagêd nglêstantunakên adêgipun pamulangan luhur kadhoktêran. Prakawis punika sagêd kasumêrêpan cêtha mirid saking pangandikanipun G.G.Jhr. de Graeff nalika napukakên adêgipun pamulangan luhur wau. Pangandikanipun makatên :

[Grafik]

Dr. R. A. Asikin Wijaya Kusuma.

Sawatawis taun kapêngkêr, nalika madêgipun Indische Universiteits vereeniging (ingkang ada-ada Dr. J. Noordhuk Hegt. Pangripta), ingriku kathah,- kula botên rikuh ngakêni yèn kula inggih tumut-, ingkang sami gadhah pamanggih, bilih jangka-jangkanipun pakêmpalan wau botên sanès kêjawi namung badhe mbujêng impèn. Samangsa impèn wau mêncungul lajêng gathuk kalihan kawontênan ing sanyatanipun, mêsthi ical tanpa lari.

Makatên pamanggihipun tiyang kathah ing bah Pamulangan Kadhoktêran ing Indonesia nalikanipun prakawis wau kaajêngakên datêng ing Raad Kawula kala ing taun 1919 dhtêng Dr. Abdul Rivai kalihan kanca-kancanipun nunggil antêp. Rêmbagipun wontên Raad Kawula rame. Pêpuntonang rêmbag kawontênakên "Medische Onderwiyscomissie". Ing taun 1922 kumisi wau rampung, pamrayogi supados ngawontênakên pamulangan luhur kadhoktêran lêlajênganipun pamulangan dhoktêr Stovia.§ Ing wasananipun pamulangan luhur kadhoktêran minangka gêgêntosipun Stovia, dede sambêtanipun. Dene Stovia ingkang sampun suka lêlabêt kathah sangêt ing dalêm 76 taun, dipun suwak.

Pamulangan luhur kadhoktêran dumuginipun samangke sampun umur 13 taun. Kala tg. 16 Augustus kapêngkêr mèngêti dintên kalairanipun (dies natalis) ingkang kaping tiga wêlas. Nitik ungêling palapuranipun pangarsa Faculteit, ingkang kasêsorahakên sabên taun manawi pinuju mèngêti kalairanipun pamulangan luhur wau, ingriku katingal bilih cacahing sêtudhên sabên taunipun tansah mindhak kathah, makatên ugi ing salêbêtipun taun ingkang mêntas kapêngkêr punika. Punika lajêng kenging kangge bukti, bilih sangsal-sangsalanipun tiyang ingkang botên nayogyani dhatêng adêgipun Pamulagan Luhur Kadhoktêran kala rumiyin punika, botên maton. Anggènipun botên nayogyani kuwatos bokbilih kêkirangan sêtudhên. Namung ingkang nyata, jêbul malah kosok-wangsulipun. Ing palapuranipun pangarsa Faculteit ingkang kantun piyambak punika, wontên katêranganipun makatên :

Nalika pamulangan luhur kadhoktêran badhe kaadêgakên, sami kasamarakên bokbilih botên badhe nyêkapi kathahing sêtudhên ingkang mlêbêt. Bab punika samangke sampun botên prêlu kakuwatosakên; malah samangke wontên ingkang dados pitakenan, gêgayutan kalihan papanipun, punapa cacahing sêtudhên punika botên nama kêkathahên ?

Pancèn kêpara yêktos. Salêbêting taun-taun ingkang nêmbe punika têtela têrang yèn cacahing sêtudhên pancèn kêkathahên sangêt. Papan-papan ingkang kangge mulang sampun botên amot. Mila sêtudhên-sêtudhên anggènipun sinau wontên ing pamulangan inggih lajêng dipun pantha-pantha gêntosan. Makatên punika tumrap lampahing piwulang têmtu kemawon lajêng nama kathah wêdal ingkang muspra.

Cacahing sêtudhên.

Kala adêgipun pamulangan luhur ing taun 1927, ingkang mlêbêt dados sêtudhên wontên 25, inggih punika :

Bangsa Walandi 6

Bangsa Indonesia 7

Bangsa Tionghwa 12.

Dumuginipun kursus 1933/1934 para sêtudhên ingkang sapisanan, ingggih punika lêbêtan taun 1927, sampun têlas pasinaonipun. Ing nalika punika pamulangan luhur wau sampun jangkêp, têgêsipun tauning pasinaon ing pamulangan wau sadaya sampun wontên sêtudhênipun Ian inggih sampun mbabar dhoktêr. Nalika samantên cacahing sêtudhên wontên 375.

Bangsa Walandi 59. Bangsa Indonesia 187. Bangsa Tionghwa 126. Bangsa Jêpang 2. Bangsa Amerika 1

Ing pungkasaning kursus 1939/1940 cacahing sêtudhên wontên 705,

Bangsa Walandi 150. Bangsa Indonesia 308. Bangsa Tionghwa 247.

Nitik catêtan inginggil wau indhaking cacahing sêtudhên kêtingal têrang sangêt. Lan ing sabên

--- 1230 ---

taunipun kintên-kintên inggih têrus badhe mindhak-mindhak kathah.

Dene kathahing sêtudhên ingkang lulus pasinaonipun, makatên : Ing kursus ingkang pungkasan punika wontên sêtudhên 47 sagêd angsal dhiploma dhoktêr (artsdiploma) inggih punika :

Bangsa Walandi 11. Bangsa Indonesia 19. Bangsa Tionghwa 17.

Wiwit kala ing taun 1933/1934 pamulangan luhur kadhoktêran gunggung kêmpal mbabar dhoktêr 177, inggih punika :

Bangsa Walandi 31. Bangsa Indonesia 81. Bangsa Tionghwa 63. Bangsa Jêpang 2.

Ing salajêngipun kenging kajagèkakên. Pamulangan luhur kadhoktêran sabên taunipun sagêd mbabar dhoktêr 50.

[Grafik]

Gêdhong Pamulangan Luhur Kadhoktêran (Geneeskundige Hoogeschool) ing Bêtawi.

Nitik pèngêtan-pèngêtan wau sampun têrang, bilih pamulangan luhur kadhoktêran ing Bêtawi punika sampun suka bukti bilih pancèn sagêd madêg saèstu.

Angka-angka pèngêtan wau manawi dipun satitêkakên, ingriku inggih lajêng katingal, bilih tiyang Indonesia punika, ing bab kathahing sêtudhên tuwin ingkang ngantos sagêd angsal dhiploma, inggih botên nama nguciwani. Margi saking punika, sangsalan-sangsalanipun tiyang ingkang botên nayogyani adêgipun pamulangan luhur kadhoktêran kala rumiyin punika inggih lajêng tanpa têgês. Tiyang ingkang botên nayogyani, sami ngajêngakên pamanggih, bilih tiyang pribumi punika dèrèng mangsanipun nampêni pangajaran luhur; jalaran dèrèng gadhah sipat-sipat ingkang prêlu tumraping nampèni sarta mêkarakên pangajaran-pangajaran luhur.

Danguning pasinaonipun.

Danguning pasinaon ing pamulangan luhur kadhoktêran punika 7 taun. Namung wêkdal 7 taun punika dede watêsan, têgêsipun manawi ngantos nglonjok sakêdhik utawi kathah, inggih botên lajêng kawêdalakên. Tumraping pamulangan luhur, botên wontên sêtudhên dipun wêdalakên jalaran kêdangon anggènipun sinau.

Dene rancanganing pasinaon dipun perang dados 3 mangsa, samangsa-mangsanipun mawi dipun wontêni èksamên, inggih punika :

I. Pasinaon kandhidhat, panutupipun mawi èksamên kandhidhat (Candidaatsexamen).

II. Pasinaon doktoraal, panutupipun mawi èksamên doktoraal (Doctoraalsexamen).

III. Pasinaon dhoktêr, panutupipun mawi èksamên dhoktêr (Artsexamen).

Èksamên kandidat punika dipun perang dados kalih. Perangan sapisan (Candidaat I) èksamênipun wontên ing pungkasaning taun pasinaon ingkang kawitan. Perangan kaping kalih (Candidaat II ) èksamênipun wontên ing pungkasaning taun pasinaon ingkang kaping tiga.

Èksamên doktoraal anggènipun ngèksamên wontên ing pungkasaning taun pasinaon ingkang kaping gangsal. Punika inggih kaperang dados kalih. Doktoraal I kalihan Doctoraal II. Dene danguning antawisipun ingkang nêtêpakên Faculteit.

Èksamên dhoktêr punika inggih kaperang dados kalih, èksamên dhoktêr pêrangan I kalihan II, utawi èksamên sêmiarts kalihan èksamên arts.

Bab sêsêbutan.

Manawi sampun sagêd lulus èksamên Arts ( èksamên dhoktêr II), punika sawêg têtêp anama "Arts", têmbungipun limrah dhoktêr.

--- 1231 ---

Dene kengingipun mawi sêsêbutan "Doctor" kacêkak "Dr", punika kêdah mawi promosi rumiyin. Anggènipun promosi sarana ngarang karangan satunggaling bab, cara walandinipun dipun wastani proefschrift utawi dissertatie, mawi ngajêngakên stelling (paugêraning pamanggih) sawatawis. Tiyang ingkang badhe promosi wau, namanipun "Promovendus". Sêrat pandadaran (proefschrift kalihan paugêran-paugêran pamanggih wau rumiyinipun dipun sahakên dhatêng Faculteit. Manawi sampun, promovendus kêdah lajêng ngêkahi utawi nêmênakên pamanggihipun. Anggènipun ngêkahi punika ingkang nama promosi saèstu. Dene anggènipun ngêkahi wau sagêd ugi wontên ing parêpatan umum utawi wontên ing parêpatan tutupan, kontên-kontênipun dipun inêp. Sarampunging promosi, promovendus dipun sukani "doctorsdiploma" utawi "doctorsbul" (kêkancingan doctor), mawi upacara ingkang sampun katamtokakên. Manawi sampun makatên, dhoktêr wau sawêg wênang mawi sêsêbutan "Dr." ing ngajênging namanipun.

Anggènipun kakengingakên promosi punika, botên kêdah sasampunipun dados "arts" (dhoktêr). Manawi sampun lulus èksamên doktoraal, punika sampun angsal sêrat pratandha ingkang nêrangakên "sampun cakêp nindakakên pakaryan babagan kawruh". Mila inggih sampun kenging ngêdalakên punapa-punapa ing gêgêbênganing kawruh, dados inggih sampun wênang promosi. Tiyang ingkang sampun lulus èksamênipun doktoraal punika sampun angsal sêsêbutan, inggih punika "Doctorandus medicinae" utawi karingkês Med. Doct." utawi "Doct. Med."

Murih têrangipun bab sêsêbutan wau kabedak-bedakakên makatên:

Sêsêbutan "Med. Doct. utawi "Doct. Med", punika têgêsipun ingkang ngangge sêsêbutan wau sampun lulus èksamênipun doktoraal.

Sêsêbutan "Doctor" utawi kacêkak "Dr", sagêdipun angsal sasampunipun promosi, inggih punika sasampunipun nyêrat sarta ngêkahi salah satunggaling bab ing gêgêbênganing kawruh.

Arts (dhoktêr) inggih punika ingkang sampun lulus èksamênan arts. Dados sabên arts (dhoktêr) sampun kenging ngangge sêsêbutan "Med Doct" utawi "Doct. Med", jalaran sadèrèngipun èksamên arts kêdah sampun lulus anggènipun èksamên doktoraal rumiyin.

Caraning sinau.

Sinau wontên pamulangan luhur kadhoktêran punika inggih kados pamulangan luhur sanès-sanèsipun, inggih punika adhêdhasar vrijestudi (sinau mardika). Para sêtudhên botên dipun criyosi punapa ingkang kêdah kasumêrêpan benjing-enjing; botên dipun takèni punapa sampun sinau punapa botên; botên dipun sukani garapan utawi prufwerk. Dene pêpanggilipun namung satunggal, inggih punika para sêtudhên wau samangsa èksamên sagêda sampun. Sabotênipun inggih cêkap panyakupipun dhatêng bab-bab ingkang dipun wulangakên dhatêng para gurunipun (propesor, lector, docent). Manawi botên makatên, inggih samun botên mawi ingapuntên malih.

[Grafik]

Museum Anatomie ing G.H.S. Salemba.

Dados sinau wontên ing pamulangan luhur punika, sêtudhên-sêtudhên kêdah gadhah krêkat sarta gadhah kajêng sinau piyambak. Pramila têtiyang ingkang sampun rumaos piyambak yèn botên gadhah krêkat utawi kajêng dhatêng pasinaon (botên rêmên sinau), Ian sampun rumaos yèn anggènipun sagêd sinau sayêktos kêdah tansah mawi dipun girèkakên tuwin dipun awat-awati tiyang sanès kados caraning sinau ing pamulangan andhap tuwin têngahan, punika amrih prayoginipun dhatêng badanipun piyambak, dhatêng lêlampahanipun ing têmbe wingking, sarta dhatêng sanak sadhèrèk ingkang mragadi, prayogi yèn botên nglajêngakên dhatêng pamulangan luhur.

Manawi anggènipun wokan punika sawêg wontên ing wiwitaning pasinaon ing pamulangan luhur, punika botên patos sangêt-sangêt. Sabab taksih sagêd lajêng mingêr dhatêng ing pakaryan utawi pasinaon sanès; margi taksih ênèm Ian tiyang sêpuh utawi sanak sadhèrèkipun dèrèng kêkathahên anggènipun ngêdalakên wragad. Namung manawi sampun kanthi rakaos, sagêd lulus èksamên-èksamên sawatawis, mangka dumugi ing pasinaon ingkang pungkasan lajêng mlêndèk, ingriku kabêgjaning gêsangipun lajêng kados ingkang kula aturakên inginggil, inggih punika moyag-mayig.

Ingkang njalari dados.

Wêwadosipun sinau wontên ing pamulangan luhur punika ingkang murugakên sagêd dados, bokmanawi kenging karingkês makatên :

1. Gadhah dasar sagêd sarta mêkar nalaripun.

2. Rêmên dhatêng kawruh ingkang sampun dipun pilih. Punika ingkang dados tuking daya

--- 1232 ---

kamêmpêngan murugakên sagêd sinau Ian purun nitipriksa piyambak.

3. Kajêng têtêp, panggah anggènipun nggayuh sêdyanipun. Manawi gadhah bêbudèn makatên, sêdyanipun badhe sinau piyambak sagêd panggah ngantos kadumugèn ingkang dipun jangka.

4. Kêjawi tigang bab wau, manawi tumrap sinau ing pamulangan luhur kadhoktêran kêdah kawêwahan saêbab malih, inggih punika: Gadhah raos trêsna dhatêng sasamining manungsa, langkung-langkung gadhah manah nêdya têtulung dhatêng manungsa ingkang nandhang sangsara.

Ingkang dados sêtudhên. Wragadipun sinau.

Pamulangan luhur kadhoktêran punika sêtudhênipun saking murid-murid wêdalan H.B.S. 5 taun, A.M.S. tuwin pamulangan sanèsipun mgkang sami kalihan pamulangan wau.

Sabên taun wiwit tg. 1 Juni sabên dintên antawisipun jam 8-12 siyang, ingkang badhe lumêbêt dados sêtudhên kenging prasabên dhatêng kantor Secretaris Geneeskundige Hoogeschool. Nalika prasabên wau kêdah nêdahakên sêrat pratandha ingkang nêrangakên yèn wênang dados sêtudhên sarta inggih kêdah nêdahakên cathêtan bijining kasagêdanipun (dede turunan).

Sagêdipun angsal wêwênang tumut sinau, kêdah mbayar collegegeld (bayaran sêkolah) sataunipun f 300.-. Manawi Faculteit amanah prêlu, arta bayaran wau kenging kacicil, kathah-kathahipun kaping sêkawan. Dene manawi badhe nêdha kakengingna nicil, kêdah ngaturakên sêrat prasabên dhatêng Pangarsaning Faculteit mawi kalampiran aanslag pajêg pangasilan ing salêbêtipun taun wau.

[Grafik]

Swargi Dr. H. F. Roll.

Sasampunipun mbayar f 300 kaping 4 (sataunipun f 300), salajêngipun para sêtudhên lajêng botên katarik ing bayaran malih.

Anggènipun lumêbêt dados sêtudhên punika namung kapêtang tumrap sataun pangajaran. Dados manawi ing taun candhakipun badhe nglajêngakên malih, punika inggih kêdah mawi prasabên malih. Prasabênipun dhatêng secretaris pamulangan luhur, sabên taun ing akiring wuIan October. Sanajana sampun botên kakengingakên bayaran sêkolah, mêksa inggih kêdah prasabên lumêbêt. Manawi botên prasabên lumêbêt malih, namanipun lajêng kacorèk saking ing rêgistêr sêtudhên.

[Grafik]

Swargi Dr. J. Noordhoek Hegt.

Prakawis ingkang kasêbut inginggil wau, wontên sabab ingkang prêlu karêmbag, inggih punika bab arta bayaran (collegegeld). Prakawis punika prêlu kamanah, langkung-langkung tumrap para sêtudhên Indonesia. Bayaran sêkolah sataun f 300, punika tumrapipun tiyang Indonesia ing umumipun kalêbêt awrat sanggènipun. Kathah neneman Indonesia ingkang pancèn sagêd nglajêngakên pasinaonipun, namung botên sagêd lumêbêt ing pamulangan luhur, jalaran kapêpêtan ing pêpalang wragad punika wau. Makatên ugi kathah sêtudhên Indonesia ingkang botên badhe sagêd nglajêngakên pasinaonipun wontên ing pamulangan luhur, manawi botên dipun èyèng-èyèng tiyang sêpuh, sanak sadhèrèk utawi kanca-kancanipun.

Nalika ngadêgakên pamulangan luhur kadhoktêran prakawis wau inggih kawigatosakên, sarta inggih lajêng mawi kasudhiyan bandha pasinaon (studiebeurs) sawatawis. Namung ingkang ngangge bandha pasinaon wau botên ngêmungakên sêtudhên Indonesia kemawon, ugi sêtudhên Walandi tuwin Tionghwa inggih sami ngangge.

--- 1233 ---

Dene ingkang nampèkakên bandha pasinaon wau panjênênganipun dhirèktur dhêpartêmèn O. & W. mawi lantaran panêdhanipun Faculteit. Ingkang dipun sukani wragad pasinaon, ngêmungakên sêtudhên ingkang pancèn gadhah dhasar sagêd, nanging kêcingkrangan. Anggènipun nyukani pitulungan dangu-dangunipun namung ing salêbêtipun 7 taun. Namung manawi pancèn prêlu, Faculteit sagêd nêdakakên onjot.

[Grafik]

Prof. Dr. C. D. de Lange.

Arta pitulungan wau kacêlêd malih, manawi ingkang dipun pitulungi kèndêl anggènipun sinau, utawi sampun sagêd cucul wragad piyambak dados botên prêlu dipun pitulungi malih; utawi malih manawi lajêng kêndho kasrêgêpanipun, botên majêng pasinaonipun tuwin kirang sae kalakuanipun.

Nitik kawontênanipun taun-taun ingkang kapêngkêr punika, têtêp nama nyolong pêthèk, dene kathahing arta pitulungan dhatêng sêtudhên Indonesia wau botên nama kathah. Ing bab punika sêtudhên Indonesia kalihan Tionghwa botên patos kathah bedanipun. Prof. Bonne nalika mêdhar sabda nglêrêsi pèngêtan dintên kalairanipun pamulangan luhur kadhoktêran ngandikakakên bab arta pitulungan dhatêng sêtudhên Indonesia makatên :

Wontênipun pangajaran luhur punika nênangi krêkatipun tiyang Indiya piyambak. Têtiyang Indiya, mawi kakiyatanipun piyambak, kala-kala kêrêp mawi kurban agêng arwujud pitulunganipun sanak sadhèrèk tuwin mitra-mitranipun, nanging têrang botên susah mawi pitulunganipun gupêrmèn, sampun têtela yèn kuwawi sarta sagah mragadi pasinaonipun sêtudhên-sêtudhên kadhoktêran. Makatên punika, tumrap kacakêpanipun pamulangan luhur botên nama kalitên, malah kêpara kagêngên."

Wigatosipun Pamulangan Luhur Indonesia tumrap Indonesia.

Ing wasana taksih wontên saêbab malih ingkang inggih kalêbêt wigatos. Tumrapipun tanah Indonesia adêgipun pamulangan luhur kadhoktêran punika wigatosipun punapa? Prakawis punika kenging karingkês kaaturakên makatên:

1. MARGI ADÊGIPUN PAMULANGAN LUHUR KADHOKTÊRAN, INDONESIA LAJÊNG GADHAH PUSÊRING KAWRUH ING BAB NGUDI KAWRUH KADHOKTÊRAN.

2. PAMULANGAN LUHUR KADHOKTÊRAN SUKA WÊWÊNGAN DHATÊNG LARE-LARE INGRIKI, SAGÊD SINAU DADOS DHOKTÊR KANTHI JANGKÊP PIWULANGIPUN LUHUR, WONTÊN ING TANAH INDONESIA PIYAMBAK.

3. TANAH INDONESIA ANGGÈNIPUN NYAMPÊDI KABÊTAHANIPUN DHATÊNG DHOKTÊR-DHOKTÊR INGKANG JANGKÊP PIWULANGIPUN LUHUR, BENJING-BENJINGIPUN BOTÊN GUMANTUNG DHATÊNG NAGARI NGAMANCA.

Prakawis tigang bab wau, saya katingal mêlok wigatosipun sarêng ing Eropah wontên pêrang samangke punika. Anamung, adêgipun pamulangan luhur kadhoktêran wau wontên wigatosipun malih ingkang langkung agêng tumraping jagat Intêrnasional, kawigatosan ingkang kêdah kita èngêti, inggih punika:

4. AWIT SAKING ADÊGIPUN PAMULANGAN LUHUR KADHOKTÊRAN, PAMARENTAH INDIYA-NEDERLAN ING BAB PANGAJARAN LUHUR KADHOKTÊRAN LAJÊNG BOTÊN NAMA KAWON PRABAWA KALIHAN NAGARI-NAGARI TANGGA TÊPALIH ING ASIA WETAN NGRIKI.

Pangajaran Kadhoktêran ing Asia wetan kala ing taun 1933 têtandhinganing kathahipun kados ingkang kapratelakakên ingandhap punika:

JÊPANG : pamulangan luhur kadhoktêran 18, Pamulangan Kadhoktêran baku 13.

TIONGKOK : pamulangan luhur kadhoktêran 8, Pamulangan Kadhoktêran baku wontên 9.

SIAM : Pamulangan Kadhoktêran 1.

PHILIPINA : Pamulangan Kadhoktêran 2.

TANAH HINDHUSTAN TUWIN SÊMÊNANJUNG TANAH MÊLAYU: Pamulangan Kadhoktêran wontên 17, Pamulangan Kadhoktêran baku wontên sawatawis.

INDOCHINA : Pamulangan Kadhoktêran baku wontên 1.

INDONESIA: pamulangan luhur kadhoktêran 1 ing Bêtawi. Pamulangan Kadhoktêran baku 1 (N.I.A.S.) ing Surabaya.

--- 1234 ---

BESTUURSACADEMIE

Panjurung saking: Tuwan SARIMIN RÊKSODIHARJO).

Sanajan pangrèh praja pribumi punika wiwit kina mila wontên ing paprentahan Hindia Nederland pikantuk papan ingkang wigatos, ananging prakawis pamulangan kangge punggawa pangrèh praja Indonesia anggènipun miwiti sawêg kalih dasanan taun ngajêngakên akiring abad ingkang kapêngkêr punika.

Ing salêbêtipun 60 taun ingkang sampun kapêngkêr punika dhidhikan wau saking sakêdhik katingal wontên indhakipun. Ewadene indhakipun wau mêksa botên sagêd nimbangi kalihan indhaking kamajênganipun bêbrayan. Inggih punika bêbrayan ingkang bot-rêpot tuwin uthêk-kliwêripun kapasrahakên dhatêng iguhipun punggawa B.B. Pribumi. Mila tumindakipun paprentahan inggih katingal wontên gothang Ian cacadipun kirang sagêd ngladosi dhatêng gêsang bêbrayan anggènipun saya dangu saya majêng.

Sanajan makatêna, ewadene kula sadaya wajib suka sukur, dene kirang langkung ing salêbêtipun satêngah abad punika dhidhikanipun punggawa pangrèh praja Indonesia wiwit saking botên wontên, mindhak-mindhak ngantos dumugi wontên academie.

[Grafik]

Tw. Sarimin Rêksodiharjo.

Murih sagêd ngatingalakên wigatosipun pamulangan Bestuursacademie ( B.A. ) ingkang kaadêgakên kalih taun kapêngkêr punika, langkung rumiyin kula badhe ngaturakên gêgambaran babadipun pamulangan Pangrèh Praja Pribumi, jalaran pamulangan wau yêktosipun gêgayutan kalihan drajatipun punggawa Pangrèh Praja Pribumi.

Anggèn kula ngaturakên punika jalaran pamulangan punika dados gêgambaran ajêngipun pangkat, ajênging pangkat dados gêgambaraning kamajênganipun prakawis ingkang dados wajibipun, inggih punika bêbrayan. Kosokwangsulipun kamajênganing bêbrayan punika inggih kenging kangge ningali kaindhakaning pangkatipun punggawa Pangrêh Praja Pribumi.

Jaman rumiyin, nalika jaman taksih gampil-gampilan, jamanipun tumindaking paprentahan dèrèng kathah ubêtipun Ian dèrèng muskil kados samangke, punggawa B.B. botên prêlu abandha ngêlmu, cêkap sangu panguwaos Ian ngrêtos caking padamêlan; dalasan bênuman pangkat ingkang inggil-inggil pisan, inggih botên sisah mawi dipun dadar prakawis kawruhipun. Saugêr sampun nyêkapi kalimrahan ing ngriku sarta kakintên sagêd nindakakên padamêlanipun, inggih sampun cêkap.

Rèhning jaman samantên lare wêdalan pamulangan angka kalih dèrèng kathah, mila ingkang kasagêdanipun maos Ian nyêrat nyêkapi cacahipun inggih sawêg sakêdhik. Manawi tiyang njangka dados priyantun B.B. wiwitipun dados magang rumiyin wontên ing kantor pangrèh praja. Wontên ing ngriku botên mligi ajar nindakakên padamêlan, wosipun namung ngladosi wadana, collecteur, controleur utawi bupati, ingkang dipun dhêrêki.

Manawi anggènipun nglampahi makatên wau sampun pintên-pintên taun (kadhang sok 10 dumugi 15 taun), lajêng katêtêpakên dados jurusêrat. Ing ngriku sawêg nama wiwit nindakakên padamêlan pangrèh praja.

Cara mawi magang wau ngantos dumugi taun 1918; punika opisilipun, nanging yêktosipun tatanan magang punika icalipun dèrèng dangu.

Kabêkta saking tuwuhing pamanggih enggal tuwin pikiran gagrag enggal wontên ing têngah-têngahing abad ingkang kapêngkêr punika, caking paprentahan lajêng kaiguhakên dhatêng margi enggal, makatên ugi pamarentah anggènipun migatosakên bêbrayan inggih dipun têmêni. Rèhning jaman samantên B.B. pribumi ingkang dipun pangagêngi bupati punika cêtha kirang nyêkapi sêsêrêpanipun, botên nampi dhatêng kajêngipun tuwin cakipun cara paprentahan ingkang enggal wau, mila B.B. Walandi lajêng kapêksa tumut cawe-cawe ing bab prakawis ingkang magêpokan kalihan rakyat pribumi.

Katêmahanipun B.B. pribumi lajêng kasingkur, namung dados tukang nindakakên dhawuhipun B.B. Walandi.

Ing ngriku nuntên karaos bilih mbibiti punggawa B.B. pribumi ingkang wêdalan pamulangan punika prêlu. Nalika taun 1879 kalihan 1880 pamarentah nuntên ngawontênakên pamulangan, namanipun "Hoofdenschool", wontên ing Magêlang, Bandung kalihan Probolinggo.

Pamulangan wau nyadhiyani anak-anakipun para punggawa B.B. jaman samantên, dipun dhidhik dados ambtênar B.B. Sanajan dhapukaning wulanganipun taksih prasaja sangêt sarta inggih namung kenging kawastanan pamulangan lêlajênganipun pamulangan andhap, tur basanipun ingkang kangge mulang inggih taksih basa Mlajêng, ananging sampun nama dados bukti bilih pamarentah saèstu anggènipun anggalih nêdya damêl pamulangan ingkang mligi tumrap calon punggawa B.B. pribumi.

Sampun têmtu kemawon lare-lare wêdalan Hoofdenschool ing jaman samantên wau cacahipun inggih dèrèng sapintêna manawi katandhing kalihan golonganipun ingkang sêsêrêpanipun taksih andhap.

--- 1235 ---

Dumadakan pamarentah kagungan tindak ingkang nama majêng salangkah, inggih punika ing taun 1891 andhawuhakên pranatan ingkang namtokakên bilih tiyang ingkang kenging kabênum dados punggawa B.B. punika kêdah wêdangan pamulangan. Magang botên katampi manawi botên gadhah dhiploma pamulangan angka kalih. Nanging rèhning jaman punika lare-lare wêdalan pamulangan wau taksih kirang sangêt, dados cakipun pranatan wau inggih sok mawi parimirma.

Kabêkta saking wontênipun bêbadan paprentahan ingkang enggal-enggal, kados ta dienst landbouw, rajakaya, kasarasan, irrigasi lan sapanunggianipun, ingkang lajêng anjalari wontên pangagêng-pangagêng Ian amtênar-amtênar enggal, papanipun punggawa B.B. pribumi saya kaundur, saya kêplorod, sabab prakawis ngajêngakên kabêtahan rakyat nama lajêng botên kumanan-papan.

Dr. Snouck Hurgronje nalika punika anggènipun mastani: punggawa B.B. pribumi punika mênggaha batih makatên, namung kadosdene lare-lare utawi rencang-rencang.

Manawi saking golongan pribumi, nalika taun 1899 ingkang Bupati Dêmak, Pangeran Hadiningningrat ingkang nate kawêdal gigatipun prakawis munduring kajenipun pangagêng-pangagêng pribumi.

Mênggah ingkang dipun lêpatakên: saking andhaping sêsêrêpanipun para punggawa wau, anggènipun botên kantênan dunungipun, sarta dening prasasat botên angsal panggalihan Nagari rakawis kamajênganipun.

Kosokwangsulipun ingkang bupati wau inggih botên nyêlaki, bilih sudaning panguwaosipun punggawa B.B. pribumi wau ugi jalaran para punggawa B.B. Europa kêrêp têpang rêmbag piyambak kalihan rakyat, botên mawi pangagêng Jawi.

Awit saking bantahanipun Dr. Snouck Hurgronje, sarjana ingkang sumêrêp saèstu Ian trêsna dhatêng tanah Hindia punika, tumuju dhatêng caraning paprentahan ing jaman samantên wau, mila lajêng katingal wontên ewahipun.

Bribik-bribik wontên kajêng badhe ngatingalakên malih punggawa B.B. pribumi, sarta nyukani papan ingkang samêsthinipun. Rancangan-rancangan wiwit kadamêl kangge nginggahakên drajatipun punggawa B.B. pribumi, namung anggènipun nindakakên ingkang taksih dipun sêmadosi.

Ing taun 1908 Dr. Snouck Hurgronje saya nêtêr malih; katêmahanipun taksih nunggil taun wau Hoofdenschool dipun walik dados Opleidingsschool voor Inlandsche ambtênarên (Osvia), mawi tatanan wulangan ingkang langkung enggal tur langkung prayogi. Kajawi punika lêt 2 taun malih pamulangan Osvia wau cacahipun dipun wêwahi 3 malih, inggih punika ing Serang, Madiun sarta Blitar.

Nalika taun 1912 panguwaosipun para Controleur wontên sawatawis ingkang kaliyêrakên dhatêng wadana dhistrik. Inggih ing ngriku punika pêcak kapisan ingkang tumuju dhatêng "ontvoogding", najan taksih mangu-mangu, tumindakipun taksih nama dèrèng marêmakên manah, dening taksih têbih kalihan nyatanipun liyêran ingkang saèstu, nêtêpi kajêngipun "mangrèh piyambak kanthi namung dipun amping-ampingi.

Ananging kadospundi malih, sabab kala samantên taksih wontên sandhunganipun, inggih punika kêcingkranganing sêsêrêpanipun para punggawa B.B. pribumi, kaanggêp kirang nyêkapi.

Nalika punika, ingatasing sampun lêt 30 taun kalihan adêging Hoofdenschool wau, golongan B.B. pribumi taksih kathah (± 4/5) ingkang nama "botên sumêrêp ing sastra", liripun kathah ingkang babarpisan dèrèng nate ngambah sêkolahan.

[Grafik]

Dr. Snouck Hurgronje.

Mila "Ontvoogding" ing taun 1918 ingkang mêngku kajêng kalih prakawis; sapisan, srah-srahan panguwaosipun B.B. Europa dhatêng B.B. pribumi, kaping kalihipun, unduripun B.B. Europa saking kalangan cakipun paprentahan ingkang saèstu, punika tumindakipun, inggih awit saking sabab ingkang katêrangakên ing ngajêng wau, kanthi wêweka Ian pangatos-atos ingkang yêktosan.

Mênggah ingkang kenging kawastanan salah satunggaling tatanan ingkang kangge ancang-ancang ngewahi caraning paprentahan wau, inggih punika adêgipun pamulangan Bestuursschool ( B.S. ) ing taun 1914; miturut kêtêrangan ing

--- 1236 ---

Memorie van Tulichting, pamulangan wau "kangge nyinau paprentahan"; ingkang kenging mlêbêt dados murid "punggawa paprentahan dhistrik ingkang moncol, ing sasagêd-sagêd ingkang kajèn-kèringan dening kabêkta saking darahipun, sarta ingkang sampun gadhah pangalaman praktijk sawatawis taun tuwin ingkang sumêrêpipun dhatêng basa Walandi nyêkapi."

[Grafik]

Para priyantun B.B. ingkang sami sinau wontên B.A.

Sinaunipun wontên ing B.S. wau 2 taun sarta para priyantunipun botên dipun examen. Manawi ngèngêti, bilih ingkang dados paugêran wau kajawi pangalaman praktiyk, inggih namung "sêsêrêpan cêkap dhatêng basa Walandi", mangka tumindakipun ingkang saèstu inggih kêrêp kemawon nampi amtênar B.B. ingkang wêdalan sanginggilipun pamulangan andhap sakêdhik, sampun têmtu kemawon inggiling wulangan ing B.S. wau inggih botên langkung saking pamulangan middelbaar.

Amtênar saking tanah sabrang punapadene ingkang saking Vorstenlanden inggih kenging nglêbêti B.S., dados toehoorder.

Wontên pranatan ingkang nginggilakên ukuran wulangan ing B.S. wau, inggih punika wontênipun examen pilihan wiwit nalika taun 1931. Kuciwa examen ingkang pancènipun sae wau, namung katindakakên kaping kalih, sabab awit saking pamulangan B.S. wau ing taun 1934 karancang dipun tutup kangge sawatawis wêkdal, wiwit taun 1932 lajêng botên tampi murid enggal, dados inggih botên ngawontênakên examen pilihan wau malih.

Ing taun-taun sangajêngipun wau cacad tuwin kêkiranganipun pasinaon ing Osvia katingal cêtha. Dening panitipriksa ingkang saèstu kala samantên nuntên anjalari adêgipun pamulangan Mosvia ing taun 1927, inggih punika pamulangan ingkang saèstu katujokakên dhatêng praktiykipun B.B. pribumi.

Bibitipun kapêndhêtakên saking wêdalan Mulo, sarta sasampunipun dipun pilihi, nuntên angsal wulangan tigang taun dangunipun. Wulanganipun langkung wiyar Ian langkung lêbêt katimbang Osvia lami; vak ingkang botên prêlu-prêlu dipun bucali. Nanging cacahing sêkolahan suda dados tiga.

Ing salêbêtipun makatên wau, inggih punika sasampuning kêlampahan "ontvoogding" wontên ing kabupatèn-kabupatèn sawatawis, nalika punika wontên ewah-ewahaning paprentahan ingkang agêng-agêngan.

Dhatênging ewah-ewahan wau urut-urutan. Sapisan ewah-ewahan paprentahan ing tanah Jawi Ian Madura, ingkang limrahipun dipun wastani "bestuurshervorming", ngèngingi prakawis administrasi tuwin tatanan pangrèh praja. Salajêngipun dipun gongi mawi ingkang dipun wastani dum-duman padamêlan (taakverdeeling ).

B.B. Pribumi dipun sukani kamardikan kathah, jalaran tumindaking paprentahan padintênan lajêng kapasrahakên dhatêng para bupati kanthi tuntunan tuwin pangamat-amatipun residhèn.

Kamajêngan ing bab paprentahan kados makatên wau mêwahi awrating kuwajibanipun B.B. pribumi ingkang panginggilan. Nanging botên punika kemawon, taksih kathah malih bab-bab ingkang mêwahi angèlipun padamêlanipun B.B. pribumi.

Gumregahipun rakyat ingkang kacêtha wontên ing ebah-ebahaning rakyat wiwit tigang dasanan taun kêpêngkêr, kanthi dipun tuntun para intêlèk Indonesia, rumasukipun daya kilènan dhatêng rakyat, tuwuhing golongan ingkang moncol saking sapapaking ngadhusun, sadaya wau mêwahi angèlipun padamêlanipun B.B. pribumi. mêwahi angèlipun padamêlanipun B.B. pribumi.

Wêwah malih kèringanipun B.B. pribumi wontên ing kalanganing pribumi ingkang sampun majêng, sampun kaot katimbang jaman rumiyin; kiranging sêsêrêpan Ian cupêting kawruh sagêd njalari sudaning kèringan.

Awit bêtah badhe nginggilakên pasinaon tumrap punggawa B.B. pribumi wau, sarta inggih ugi awit saking panêtêripun para panuntuning pakêmpalan P.P.B.B. tuwin V.A.I.B. (kalih-kalihipun inggih punika pakêmpalaning B.B. Pribumi), anjalari pamarentah karsa nglairakên pangandika wontên ing Volksraad ing taun 1931, suraosipun bilih prakawis nginggahakên pasinaonipun para B.B. pribumi, inggih punika B.B pribumi ingkang sakintên ing têmbe dados panginggilan, [pa...]

--- 1237 ---

[...nginggilan,] punika prakawis ingkang prêlu tumuntên dipun tandangi.

Pamulangan ingkang langkung inggil kangge B.B. pribumi kagalih prêlu kawontênakên malih, Ian têmtu katêngênakên rumiyin, samangsa kawontênaning bandha nagari sampun sagêd mragadi.

Icaling B.S. sarta ngêmpaling pamulangan Mosvia ing tanah Jawi Ian Madura saya anjalari cêthaning kabêtahan dhatêng pasinaon ingkang langkung inggil tumrap B.B. pribumi wau.

[Grafik]

Para murid pamulangan pangrèh praja ing Magêlang.

Ing taun 1934 dipun wontênakên commissie van advies (Commissie-Drossaers). Kuwajibanipun ngaturi pamrayogi pamarentah prakawis:

le. punapa pasinaon ing Mosvia ingkang sampun wontên punika, kawêwahan pasinaon wontên ing B.S. sampun nyêkapi dhatêng bêtahing sêsêrêpan tumrap B.B. pribumi umumipun Ian langkung malih tumrap ingkang dados panginggilan ing jaman sapunika;

2e. manawi botên nyêkapi, kadospundi anggènipun nyêkapi ingkang wujud pasinaon wau.

Wohing papriksanipun komisi kawrat wontên ing palapuran kandêl, ingkang gêrbanipun dipun sayogyani pamarentah, salajêngipun wontên ing tanggal 10 Agustus katêrusakên dhatêng Volksraad. Nanging sarèhning kawontênaning bandha nagari nalika samantên botên anyêmbadani, mila pasinaon ingkang langkung inggil kados ingkang kausulakên komisi wau botên sagêd kawontênakên sadèrèngipun taun 1938.

Nanging sasampuning kagalih kanthi saèstu, wontên pamanggihipun cimmissiecommissie. kalih prakawis ingkang pamarentah nêtêpakên saenipun inggih punika:

le. pasinaon middebaar ing Mosvia samangke punika sampun nyêkapi bêtahing sêsêrêpan tumrap para B.B. pribumi ingkang pangkat andhap, ingkang wajib nindakakên padamêlan paprentahan wêkdal sapunika;

2e. nanging tumrap amtênar B.B. pribumi ingkang kacalonakên dados bupati sarta patih, sanajan pasinaon wau dipun wêwahana B.S. pisan, kados ingkang sampun punika, mêksa kirang nyêkapi.

Usulipun komisi ngawontênakên Bestuursacademie kangge nyêkapi bêtah wau, punika pamarentah anggalih margi ingkang prayogi piyambak, mila inggih dipun sayogyani dalah sabab-sababipun ingkang dados wêwaton. Ringkêsipun kados makatên :

Badhenipun wontên sagolonganing amtênar ingkang sampun pêpilihan tur uligan saèstu ing bab teori, punika têtêp badhe kawajiban nyêpêng paprentahan kawêdanan tuwin asistènan ingkang wigatos-wigatos; dene pangkat B.B. pribumi ingkang panginggilan punika badhe kasukakakên dhatêng tiyang-tiyang ingkang kenging kasamèkakên kalihan wêdalan pamulangan luhur, tur ingkang sampun wontên buktinipun onjo wontên ing praktijk.

Amtênar ingkang makatên punika, manawi ing têmbe kasinungan pangkat panginggilan ing B.B. pribumi, sampun têmtu ngrêtos kacingkrangan tuwin kêkiranganipun rakyat ing sadintên-dintênipun, sabab sasampuning tamat saking Mosvia, taksih ênèm sampun lumêbêt ing kalangan B.B., salajêngipun sawatawis taun gulang-gulung [gulang-...]

--- 1238 ---

[...gulung] nunggil kalihan rakyat.

Manawi mangke angsal pasinaon malih ingkaang langkung inggil wontên ing B.A., sampun têmtu badhe sagêd ngrancang tuwin nindakakên samukawis ingkang anjalari indhaking, tata-raharjanipun ingkan sami dipun rèhakên.

Tatanan ingkang kausulakên komisi wau wontên saenipun malih, inggih punika amtênar ingkang sapunika nindakakên padamêlan, wontên kalonggaranipun sagêd nglajêngakên sinau malih.

Pasinaonipun 3 taun. Dhapukaning pasinaon suka dhidhikan umum kados sacaraning wulangan inggil, nanging kanthi ngemuti bilih kajêngipun ingkang baku punika ndhidhik amtênar B.B. pribumi ingkang sumêrêp caking padamêlan, kanthi lêbêt sêsêrêpanipun bab paprentahan sarta nyakup samukawis soal-soal ingkang dados padamêlaning pangkat panginggilan kados patih tuwin bupati.

Pamulanganipun nunggil gêdong kalihan Rechtshoogeschool. Ingkang mulang para mahaguru, kalihan para ahli praktijk sawatawis; ingkang kawulangakên: Staats, en administratief recht Hindia-Nederland gêgayutan kalihan Nederland, staathuishoudkunde, Volkenkunde Hindia-Nederland, strafrecht, criminologie, tatanan kaislaman sarta babad.

Wulangan wau ingkang minangka ukuran tiyang-tiyang wêdalan Mosvia. Tumrap tilas murid Osvia ingkang kaidèn nglêbêti B.A., dipun sadhiyani wulangan basa Inggris.

Ing sabên taunipun saking tanah Jawi Ian Madura wontên amtênar B.B. 12 ingkang kalilan nglêbêti B.A. kanthi examen pilihan. Putra bupati ingkang kacalonakên nggêntosi ingkang rama, botên sisah mawi examen, cêkap mawi rêmbagipun guprênur ingkang mbawahakên.

Amtênar saking Vorstenlanden, saugêr nyêkapi sêsêrêpanipun kados ingkang katêmtokakên wau, inggih kenging nglêbêti B.A. Nanging amtênar saking sabrang botên kenging, awit nagari anggalih kirang prêlu. Ewadene putraning pangagêng paprentahan mandhiri inggih kenging, mawi palilahipun G.G.

Siswa B.A. ingkang onjo, examenipun sabên taun angsal tur sae, sagêd angsal idin nglajêngakên sinau pados titêl pamulangan luhur, samantên punika manawi dhinêsipun botên makèwêdi.

Suwau rancanganipun B.A. punika badhe dipun wiwiti kala tanggal 1 Agustus 1938, nanging rèhning wontên sabab ingkang dadakan, mila sawêg kala tangal 24 October 1938 sagêd kêlampahan kabikak, dipun slirani K.T. Bêsar piyambak.

Nalika dintên wiwitan wau siswanipun wontên 15. Ing tanggal kaping 1 Sèptèmbêr 1939 kêjogan siswa enggal, cacah 13. Golongan ingkang angka tiga wontên 14. Dados kala tanggal 1 Sèptèmbêr taun punika B.A. sampun jangkêp.

Kala wulan April 1940 wontên siswa ingkang mêdhot banyon, awit kêsêlak nggêntosi ingkang rama, dados bupati. Ing wêkdal punika cacahipun sêtudhên B.A. wontên 41, wadananipun 10, asistènipun 31 (saking Jawi kilèn 10, Jawi têngah 11, Jawi wetan 17, Vorstenlanden 3).

Benjing sêtêngah taun malih (April 1941) golongan ingkang sapisanan sampun tamat.

Prakawis wontênipun B.A. punika rêmbagipun wontên ing Volksraad tuwin wontên ing jawi warni-warni; wontên ingkang ngêploki, wontên ingkang kirang marêm, malah wontên ingkang babar pisan botên kenging dipun ajak rêmbagan.

Pabên rêmbag ing Volksraad bab punika dêdrêg sangêt.

Wontên ing kalanganing B.B. pribumi piyambak pamanggih inggih taksih warni-warni. Prakawis prêluning wontênipun pamulangan luhur kangge pangkat panginggilan punika sadaya gumolong sampun rujuk saèstu. Bedaning pamanggih namung prakawis tumindakipun: wontên golongan ingkang gadhah kajêng, supados B.A. punika kasambêtna tumuntên kalihan pamulangan middelbaar, nanging wontên malih ingkang gadhah pamanggih bilih cara ingkang sapunika, liripun kapêndhêtakên saking ambtenar ingkang sampun praktijk, punika ingkang sae piyambak, namung kêpengin supados pasinaonipun sampun 3 taun, nanging dipun dadosakên 5 taun utawi apês-apêsipun 4 taun.

Sintên ingkang lêrês, punika badhe kacêtha ing têmbe. Kula piyambak, sarta inggih najan botên sadaya, kalihan kanca-kanca sinau saperangan agêng, sami milih kawontênan ingkang samangke punika. Mênggah sababipun botên prêlu katêrangakên ing ngriki, mindhak kêroncèn.

Kula sadaya inggih ngrujuki para ingkang sami ngajêngakên supados pasinaon dipun sambêtakên tumuntên kalihan pamulangan middelbaar, Ian inggih purun mastani B.A. ingkang samangke punika namung minangka tatanan tataran, nanging saugêr botên dangu malih dipun dadosakên academie ingkang nyêkapi saèstu kanthi ngèngêti pangalaman ingkang sampun-sampun.

Wosing uwos punika nyadhiyani pasinaon dhatêng B.B. pribumi, supados nyêkapi saèstu anggèning nindakakên kuwajibanipun.

Bêtah dhatêng academie ingkang mêpaki yêktosan sampun cêtha wela-wela, najan botên sapunika inggih benjing.

Nanging kosokwangsulipun karsanipun nagari, ing sadèrèngipun majêng sajangkah malih badhe ngêntosi rumiyin wohipun pasinaon inggil ingkang katindakakên sapunika, punika sêmunipun inggih wontên ngadilipun.

Wontên ing wangsulan ingkang kapisan nalika ngrêmbag wêwahan begrooting 1938, afdeeling IV wontên ing Volksraad punika pamarentah ndhawuhakên sêsanggêmanipun kanthi cêtha, bilih samangsa katingal manawi pasinaon B.A. punika kirang nyêkapi bêtahipun B.B. pribumi ing prakawis pasinaon inggil. Pamarentah sagah badhe tumuntên ngewahi tindakipun. Awit saking punika kula sadaya taksih gadhah pangajêng-ajêng, kanthi bingahing manah Ian inggih kanthi kapitajêngan dhatêng jaman ingkang badhe kalampahan.

--- 1239 ---

Wanita Indonesia kalihan Pangajaran Luhur

(saking Mr. Maria Ullfah Santosa)

Sadèrèngipun ngrêmbag bab "Wanita Indonesia kalihan pangajaran luhur", kula badhe ngaturakên rumiyin rêringkêsan babadipun pangajaran wanita ing nagari Walandi tuwin ing tanah ngriki.

Lêlabêtanipun Aletta H. Yacobs.

Ingkang badhe kula aturakên rumiyin kawontênanipun nagari Walandi kala ing abad 19. Salêbêtipun abad 19 lare-lare èstri Walandi sampun sami lumêbêt ing pamulangan andhap, ing wasananipun inggih lajêng kathah ingkang nglajêngakên wontên ing pamulangan têngahan. Prakawis punika dipun anggêp limrah. Namung, punapa ing nalika samantên sampun wontên wanita Walandi nglajêngakên pasinaonipun dhatêng pamulangan luhur ? Dèrèng! Wanita Walandi ingkang kêpengin nglajêngakên dhatêng pamulangan luhur, ingkang rumiyin piyambak inggih punika Aletta H. Yacobs. Punika kêpengin dados dhoktêr. Kathah ingkang botên nayogyani manawi wontên lare èstri lumêbêt ing pamulangan luhur, ewasamantên Aletta H. Yacobs mêksa botên mèngèng, Ian inggih kalampahan katampèn lumêbêt ing pamulangan luhur.

[Grafik]

Mr.Ullfah Santoso.

Salêbêtipun taun wiwitan, sêtudhên-sêtudhên priya sami ngrèmèhakên dhatêng kancanipun èstri punika wau, ewasamantên Aletta H. Yacobs botên lajêng têlas manahipun. Sanajana botên patos dipun gape dhatêng sêtudhên-sêtudhên priya, mêksa botên kêndho mêmpêngipun, sarta dipun katingalakên dhatêng guru-guru tuwin kanca-kancanipun sêtudhên priya, yèn lare èstri punika inggih landhêp pikiranipun. Danguning dangu, rèhning pancèn sagêd sayêktos, Aletta H. Yacobs lajêng dipun aosi dhatêng kanca-kancanipun sêtudhên priya.

Aletta H. Yacobs anggènipun mbikak korining pamulangan luhur, murih lajêng nampèni murid-murid èstri, punika kanthi rêkaos sangêt. Namung sarêng sampun katampèn èksamênipun ingkang pungkasan, piyambakipun prasasat suka bukti dhatêng tiyang kathah, bilih lare èstri wontên ing pamulangan luhur punika botên mêsthi kawon sagêd kalihan lare-lare jalêr. Aletta H. Yacobs nalika mêdal saking pamulangan luhur wau tampi pamuji wilujêng saking golongan warni-warni.

Misuwuring namanipun, botên namung jalaran sagêd ngêngakakên korining pamulangan luhur kangge sadhèrèk-sadhèrèkipun èstri, nanging inggih margi anggènipun cakal bakal ngawontênakên ebah-ebahan wanita. Dr. Aletta H. Yacobs inggih mlêbêt ing pabaratan pulitik; ingkang dipun udi sagêda têtiyang ètsrièstri (dan di tempat lain). Walandi sami dipun sukani hak pamilih (kiesrecht), inggih wênang milih (actief kiesrecht) Ian inggih wênang dipun pilih (passief kiesrecht). Anggènipun drêdah wontên ing pabaratan pulitik, sagêd angsal damêl. Ing taun 1919 têtiyang èstri Walandi sami angsal hak pamilih ingkang sakalangkung ombèr.

Sasampunipun pamulangan luhur nampèni murid-murid ètsri, lajêng kathah lare-lare èstri Walandi ingkang sami lumêbêt. Samangke pamulangan-pamulangan ing nagari Walandi, pamulangan punapa kemawon, sami purun nampèni murid jalêr èstri, kadamêl sami punapa-punapanipun, tanpa mawi dipun beda-beda.

Ing jaman samangke pamulangan-pamulangan ing Eropah sadaya nampèni murid èstri. Dados lare èstri kantun milih pangajaran punapa ingkang dipun rêmêni. Têmtu kemawon pamilihipun wau ing sasagêd-sagêd mawi dipun larasakên kalihan dhasaring kasagêdanipun. Lare-lare èstri wau botên ngêmungakên sami sinau ngèlmu kadhoktêran tuwin ngèlmu kukum, nanging inggih wontên ingkang sinau kawruh sanèsipun, upaminipun gèlmungèlmu. jampi, ngèlmu pamisah, ngèlmu etang, ngèlmu alam, ngèlmu tèhnik, cêkakipun sakathahing pangajaran dipun sinau.

Sêtudhên wanita ing nagari Walandi.

Pamulangan-pamulangan luhur umum (Universiteit) ing nagari Walandi, kados ta ing Amsterdam; Leiden, Utrecht tuwin Groningen, ing wêkdal samangke pintên-pintên atus sêtudhênipun èstri. Sêtudhên-sêtudhên èstri wau inggih gadhah pakêmpalan sêtudhên, warganipun atusan. Pakêmpalan wau ingkang baku migatosakên kabêtahanipun para sêtudhên wanita, upaminipun damêl Clubhuis, griya pasipêngan utawi pamondhokan, punapadene panggenan pangason. Lajêng ngêdêgakên restoran ingkang mirah, ngawontênakên darmawisata Ian sapanunggilanipun.

Anamung para sêtudhên wanita wau botên namung ngrêmbag kasênênganipun piyambak kemawon, manawi pinuju sênggang ing pandamêlan ugi kathah ingkang mandamêl wontên ing Volkshuis. Volkshuis punika papan kangge mulang sêsêrêpan dhatêng kaum bêrah (tiyang jalêr ètsri dalah anak-anakipun), supados golongan kaum bêrah inggih sagêda jêmbar polatanipun. Dene ingkang dipun wulangakên wontên ing Volkshuis wau, basa ngamanca, nggambar, bab

--- 1240 ---

kasarasan Ian sapanunggilanipun; cêkak aos sawarnining sêsêrêpan ingkang migunani dhatêng têtiyang ingkang botên sagêd nglajêngakên dhatêng ing pamulangan têngahan. lsp.

Ing nagari Walandi sapunika sampun kathah dhoktêr ètsri, ahli kukum, apothekeres, propesor èstri, insinyur èstri, malah inggih sampun wontên tiyang èstri ingkang dados pêndhita (domine).

Wau sampun kula aturakên, wiwit ing taun 1919 ing nagari Walandi wiwit wontên pranatan hak pamilih umum inggih tumrap tiyang èstri lan inggih tumrap tiyang jalêr. Dados wiwit punika, tiyang jalêr kalihan èstri lajêng sampun sami aosipun. Tiyang èstri inggih lajêng nyêpêng pandamêlanipun punapa kemawon.

Pangajaran lare èstri Indonesia.

Ing Indonesia kadospundi ?

Sanajana ingkang badhe kula aturakên punika bab wanita Indonesia kalihan pangajaran luhur, ewasamantên kados inggih prêlu kula ngaturakên babadipun pangajaran lare èstri ing tanah ngriki. Pangajaranipun lare-lare èstri ing tanah ngriki punika rumiyin-rumiyinipun kadospundi ?

[Grafik]

Para sêtudhên wanita sami darmawisata.

Ing akiring abad ingkang kapêngkêr punika, lare èstri ingkang lumêbêt ing pamulangan andhap, kenging kawastanan namung satunggal kalih. Jalaran ing salêbêtipun abad 19 punika, umumipun têtiyang ingriki taksih sami ngugêmi pamanggih, yèn lare èstri punika kêdah namung wontên ing griya kemawon, botên pantês manawi ngantos mêdal saking griya. Ingkang limrah dipun anggêp dados pangajênging pangajaran lare èstri ing Indonesia, inggih punika R.A. Kartini. Panjênênganipun nglairakên gagasan sarta idham-idhamanipun bab pangajaran lare èstri wau, kawrat wontên ing sêrat-sêrat ingkang kakintunakên dhatêng mitra-mitranipun. Kala ing taun 1911 sêrat-sêrat wau kaklêmpakakên sarta lajêng kawêdalakên dhatêng Mr. J.H. Abandanon, tilas dhirèktur O & E, namanipun "Door Duisternis tot Licht".

R.A. Kartini ngusulakên, supados lare-lare èstri ingriki samia dipun sukani piwulang. Saking jangkanipun, lare-lare èstri wau samia dipun ipuk-ipuk sagêda dados guru, jalaran bangsa ingriki bêtah guru èstri, jêr namung punika ingkang sakintên pantês mulang muruk dhatêng lare-lare èstri Indonesia.

Wontên ing Pasundhan, Radèn Dèwi Sartika ngêdêgakên pamulangan èstri wontên ing Bandung kala ing taun 1904.

Ing awaling abad 20 lajêng saya kathah lare èstri Indonesia ingkang sami lumêbêt ing pamulangan andhap, jalaran sampun wiwit dipun wontêni sêkolahan piyambak (upaminipun Kartinischool lsp.). Sasampunipun têtiyang sêpuh ngajêngi wontênipun co-educatie (pangajaran jalêr èstri kasarêng), anak-anakipun èstri lajêng kakengingakên nglajêngakên pasinaonipun.

Ing sakawit lare-lare èstri wau namung sami nglajêngakên dhatêng pamulangan guru, jalaran kala samantên tiyang-tiyang sêpuh taksih sami gadhah pamanggih, yèn lare èstri punika pantêsipun namung dados guru, mila inggih dèrèng wontên Iare èstri ingkang nglajêngakên pasinaonipun dhatêng pamulangan têngahan sanès-sanèsipun.

Pandamêlan guru punika tumrapipun tiyang èstri pancèn sae. Ananging botên sadaya lare èstri Indonesia sênêng dados guru; mila inggih kathah ingkang nglajêngakên pasinaonipun dhatêng H.B.S., Mulo, A.M.S., sêkolahan Ass. Aptheker, sêkolahan vrudvrouw Isp.

Dados ing wêkdal samangke lare-lare èstri Indonesia botên namung nglajêngakên dhatêng pamulangan baku kadosdene kweekschool, pamulangan Ass. Apotheker, ugi kathah ingkang nglajêngakên dhatêng pamulangan têngahan kadosdene H.B.S. tuwin A.M.S. algemeen vormend onderwijs, (pangajaran kawruh umum ).

Manawi mêdal saking pamulangan baku, lare-lare èstri Indonesia lajêng ambyur dhatêng bêbrayan gêsang, dados guru, vrudvrouw lsp. Lah ingkang wêdalan H.B.S. utawi A.M.S: lajêng dhatêng pundi? Kathah lare èstri wêdalan pamulangan têngahan (A.M.S. utawi H.B.S.) ingkang lajêng nyambutdamêl wontên ing kantor-kantor gupêrmèn utawi partikêlir, Ian inggih wontên ingkang nglajêngakên pasinaonipun dhatêng pamulangan luhur.

Sêtudhên wanita Indonesia.

Kala ing taun 1924, nalika pamulangan luhur kukum ngadêg wontên sêtudhênipun wanita satunggal. Sêtudhên wau botên dipun rêrigoni utawi dipun pêpalangi dhatêng sêtudhên-sêtudhên priya kados Aletta H. Yacobs wontên ing nagari Walandi kala rumiyin. Kula, wanita Indonesia [In...]

--- 1241 ---

[...donesia] botên nate rêbatan papan wontên ing pamulangan luhur. Lare èstri Indonesia ingkang dados sêtudhên sapisanan, têrus dipun tampèni kemawon, botên wontên ingkang botên narimahakên. Ing taun punika ugi, wontên lare èstri Indonesia nglajêngakên pasinaonipun dhatêng pamulangan luhur umum ing Utrecht sinau kadhoktêran.

Saya dangu inggih lajêng wontên lare-lare èstri sawatawis ingkang sami nututi lumêbêt ing pamulangan luhur kukum ing Bêtawi. Kala ing taun 1927 ingriki dipun wontêni pamulangan luhur kadhoktêran, punika inggih lajêng wontên ingkang dados sêtudhên wontên ing pamulangan wau. Sabên taun kathahing sêtudhên Indonesia èstri saya wêwah, inggih ing pamulangan luhur kukum Ian inggih ing parnulangan luhur kadhoktêran. Namung parnulangan luhur tèhnik ing Bandung ingkang dèrèng nate wontên sêtudhênipun èstri. Dumuginipun samangke ing taun 1940 punika, dèrèng wontên lare èstri Indonesia satungal kemawon ingkang lumêbêt ing pamulangan luhur tèhnik wau.

Pakêmpalan sêtudhên wanita Indonesia.

Kala ing taun 1935 sêtudhên èstri Indonesia ing pamulangan-pamulangan luhur ing Bêtawi sampun langkung 20. Margi saking punika lajêng wontên sêtudhên wanita sawatawis ingkang amanah prêlu ngêdêgakên pakêmpalan sêtudhên wanita Indonesia kangge nyupêkêtakên pasadherekan. Kalampahan kala tg. 4 December 1935 ing Bêtawi dipun wontênakên Indonesische Vrouwelijk Studentenvereeniging utawi karingkês nama I.V.S.V. Sêtudhên wanita Indonesia mèh sadaya mlêbêt warganipun pakêmpalan wau.

Miturut ungêling statutenipun, I.V.S.V, punika sêdyanipun badhe nyupêkêtakên sêsambêtanipun para sêtudhên wanita Indonesia, migatosakên kabêtahanipun sêtudhên wanita, ngawontênakên sêsambêtan kalihan pakêmpalan-pakêmpalan wanita sanèsipun. Wontên ing kalangan sosial I.V.S.V. inggih ngawontênakên sêsorah-sêsorah prakawis ingkang prêlu-prêlu, ngrêmbag prakawis ingkang gêgêyutangêgayutan. kalihan bakuning pasinaonipun tuwin prakawis sosial sanès-sanèsipun. Nalika badhe madêgipun "Badan Pêrkumpulan Pêrêmpuan Indonesia", inggih punika pakêmpalan ingkang nêdya ngayomi wanita Indonesia ing bab sêsemahan, pakêmpalan I.V.S.V. inggih tumut rêrêmbagan, sarta dumuginipun samangke inggih taksih têtêp dados warganipun bêbadan pakêmpalan wau.

Pakêmpalan para sêtudhên wanita wau inggih ngrêmbag prakawis sanès-sanèsipun, kados upaminipun bab mbrastha wuta sastra; anamung nalika dipun têdhani pitulungan dhatêng "Badan Pêmbêrantasan Buta Huruf" (pakêmpalan wanita Indonesia ingkang nêdya mbrastha wuta sastra golongan wanita), namung sakêdhik warganipun I.V.S.V. ingkang gumrêgut tumandang.

[Grafik]

Para sêtudhên wanita nuju kêmbul nêdha

Sêmunipun warganipun I.V.S.V. botên sadaya manah prêlu tumut migatosakên prakawis-prakawis ingkang wigatos sangêt tumraping bêbrayan gêsang Indonesia, kadosdene bab mbrastha wuta sastra lsp. wau; mangka miturut ungêling statutenipun I.V.S.V. bab 3, para sêtudhên wanita wau pancèn niyat tumandang wontên ing kalangan sosial.

Pakêmpalan-pakêmpalan wanita Indonesia bêtah baunipun sêtudhên wanita; botên namung mbiyantu pandamêlanipun golongan ibu bab pakaryan sosial, nanging ugi prêlu suka pitêdah sarta sêsuluh prakawis warni-warni dhatêng golongan ibu wau.

Sapunika sêtudhên wanita Indonesia sampun wontên 48 (ing pamulangan luhur kukum 27, pamulangan luhur kadhoktêran 20, pamulangan luhur têtanèn 1). Dene warganipun pakêmpalan I.V.S.V. wontên 38. Punika sampun damêl gambiraning manah, sarta sabên taunipun mêsthi badhe saya wêwah cacahipun. Manawi sêtudhên-sêtudhên wau sadaya sami nglajêngakên pasinaonipun ngantos tamat "saya dangu cacahing wanita Indonesia wêdalan pamulangan luhur saya wêwah kathah. Namung emanipun, ing salêbêtipun kalih utawi tigang taun wontên sêtudhên wanita sawatawis ingkang mêdal, dene sababipun kula botên mangrêtos. Wiwit kala ing taun 1924, inggih punika wiwit adêgipun pamulangan luhur kukum, ngantos dumugi samangke taun 1940, dados 16 taun dangunipun, sawêg wontên wanita Indonesia 8 ingkang tamat pasinaonipun pamulangan luhur, inggih punika dhoktêr wanita 3 (ingkang satunggal angsal sêsêbutan Dr) kalihan ahli kukum 5. Pancèn taksih sakêdhik sangêt !

Sêtudhên wanita Indonesia, ingkang sasampunipun kalih utawi tigang taun taksih lêstantun nglajêngakên pasinaonipun, punika nama sami ngatingalakên dhatêng kanca-kancanipun sêtudhên priya, yèn botên kawon kalihan golongan priya;

--- 1242 ---

[Iklan]

[Grafik]

Nyi R. Ucu Rubaah (Arts).

makatên ugi inggih sami suka bukti, yèn wanita Indonesia punika inggih landhêp-landhêp pikiranipun. Bab punika sagêd kasumêrêpan wontên ing pamulangan luhur kadhoktêran, jêr wontên ingriku sêtudhên-sêtudhên wanita sami tampi pangalêmbana dhatêng para guru tuwin kanca-kancanipun sêtudhên priya.

Ing wêkdal punika têtiyang ingriki botên sagêd nglajêngakên pasinaonipun dhatêng nagari Walandi. Mila pamarentah Iajêng manggalih prêlu ngêdêgakên pamulangan luhur malih wontên ingriki. Ing Bêtawi sampun dipun wontêni pamulangan luhur têtanèn; lajêng ing pamulangan luhur kukum samangke dipun wontêni pasinaon Indologie (calon amtênar B.B. Eropah) tuwin kawruh kukum Walandi, Ian kala wulan October 1940 punika dipun wontêni malih Literair Faculteit, nyinau basa-basa wetanan, kawruh babad tuwin kawruh bêbrayan. Ing Bêtawi ugi sampun dipun wontêni pasinaon ngèlmu jampi (calon Apotheker). Ing pamulangan luhur tèhnik ing Bandung, samangke dipun wontêni pasinaon insinyur ngèlmu pamisah. Kathah neneman Indonesia ingkang sampun lumêbêt ing pamulangan luhur têtanèn tuwin pamulangan luhur tèhnik sinau babagan ngèlmu pamisah. Wau sampun kula aturakên, manawi wanita Indonesia sawêg satunggal thil ingkang dados sêtudhên ing pamulangan luhur têtanèn. Ananging ing pamulangan luhur tèhnik, satunggal kemawon dèrèng wontên. Wanita Indonesia ingkang nglêbêti pasinaon kasusastran, dados sami kapengin dados ahli basa, wontên tiga. Mugi-mugi jangkah-jangkahipun wanita têtiga wau sagêda kasêmbadan.

Ingkang dipun bêtahakên rakyat ingriki botên namung dhoktêr tuwin ahli kukum kemawon, namung ugi bêtah sangêt dhatêng wontênipun ahli kawruh sanès-sanèsipun, kados ta ahli ngèlmu pamisah, ahli ngèlmu jampi, ahli basa Isp.

Minangka panutup kula namung tumut mêmuji, mugi-mugi para wanita Indonesia samia nglajêngakên pasinaon ing bab sêsêrêpan punapa kemawon prêlu kangge ngajêngakên rakyat ingriki. Amin.

[Grafik]

Nonah Mudinêm wanita Jawi ingkang angsal diploma Arts kapisanan ing pamulangan luhur kadhoktêran ing Bêtawi.

--- 1243 ---

Ontgroening

SAKING B. RANGKUTI

Sêtudhên-sêtudhêning pamulangan luhur sami gadhah pakêmpalan piyambak-piyambak. Sabên taunipun, pakêmpalan-pakêmpalan wau sami ngawontênakên "ontgroening", inggih punika ngantêp utawi nglèlèr sêtudhên ingkang badhe lumêbêt dados warganing pakêmpalan wau. Padatan kados makatên punika kathah pikantukipun.

[Grafik]

Grunce. Dipun gundhuli Ian dipun ênggèni topi kupatan ijêm.

Sêtudhên ingkang kalèlèr wau, kêjawi kêdah sagêd ngatingalakên têtêping manah, kêkahing kayakinan, ing salêbêtipun nandhang cobi kawadhagan, ugi kêdah gadhah nalar jangkêp tuwin wicaksana samangsa mrangguli lêlampahan ingkang wigatos.

Manawi majêng dhatêng pandadaran, pun "grunce" (sêtudhên ingkang badhe lumêbêt pakêmpalan) wau kêdah sagêd mangsuli pitakenan-pitakenan ingkang gêgayutan kalihan bab kabudayan, kasusastran, kagunan tuwin bab sêsêrêpan umum. Manawi botên sagêd, anggènipun dados bayi dipun ulur, têgêsipun, kaanggêp dèrèng diwasa sarta dèrèng gadhah nalar.

Bangsa-bangsa ing tanah Indonesia ngriki, inggih sampun wontên ingkang gadhah padatan ingkang kajêngipun sami kalihan "ontgroening" namung anggènipun nêmbungakên beda. Makatên ugi cara-cara utawi larmpah-lampahipun inggih botên sami. Sawênèh wontên ingkang têrang, sawênèh botên. Wontên ingkang taksih katindakakên Ian inggih wontên ingkang kantun tabêt. Kados upaminipun bangsa Jawi gadhah padatan "udhun lêmah". Tiyang Mêntawèi anggènipun ngawontênakên "ontgroening" wau manawi wontên neneman badhe lumêbêt ing suku (golongan kulawarga ). Sadèrèngipun katampi, dipun cobi rumiyin, caranipun warni-warni, sarta inggih mawi dipun pisakit punapa. Kados upaminipun kêdah purun têtilêman wontên ing mawa, badanipun dipun wêsi bang lsp.

Tumrapipun para sêtudhên têmtu kemawon botên dipun pisakit kados makatên punika. Paniksanipun namung ènthèng. Upaminipun dipun gundhuli klimis, dipun ênggèni dhasi tuwin topi ijêm, rasukanipun dipun gantungi dhot kalihan nomêr. Punika dados pratandha manawi sêtudhên wau taksih bayi (mriksanana gambar). Saprentahipun tiyang sêpuh, kêdah dipun turut, sanajana dipun kèn nglampahi ingkang elok-elok pisan. Upaminipun, dipun kèn dhatêng Meisjes Vakschool kalihan nuntun menda, prêlu nêdha pêrêsan kangge ngombèni menda wau. Dipun kèn jogetan kalihan mênyanyi-mênyanyi turut margi Isp.

Têmtu kemawon calon warga wau dipun gêgujêng tiyang kathah. Namung inggih makatên punika wujuding pandadaranipun dhatêng têtêping rnanahipun, ingkang supados botên nêpsu utawi isin lajêng mlajêng mantuk. Taksih kathah pidana-pidana sanèsipun ingkang kangge nètèr têtêping manahipun sêtudhên wau. Manawi sêtudhên wau kuwawi nglampahi pacobèn, dangunipun 14 dintên, punika sawêg kakengingakên lumêbêt dados warganing pakêmpalan sêtudhên ing pamulangan luhur.

[Grafik]

Groence dipun cobi kapurih sade ès.

Nêmbe punika U.S.I.(Unitas Studiosorum

--- 1244 ---

Indonesiensis)§ Kêjawi U.S.I. ing Bêtawi inggih taksih kathah pakêmpalan sêtudhên sanès-sanèsipun, inggih punika : P.P.P.I. Indon. Med. Dispuut Gezelschap, Indon. Vrouwelijke Studenten Vereeniging, S.I.S. (golongan Islam), Bat. Studenten Corp. Ta Hsioh (Tionghwa) Christ. Vereeniging, Satyawan. Bellarminus (R.K.), Studentenhuis. Ing Bandung Band. Studenten Corps. Ind. Studenten Vereeniging. ngawontênakên pêpanggihan nampèni warga enggal ingkang sampun sami rampung anggènipun nglampahi pacobèn. Warganipun samangke ± 80. Nalika pêpanggihan wau kathah ingkang sami ndêdêgi. Warga darma, warga pakurmatan sarta têtiyang Eropah kathah ingkang sami tumut ngèstrèni. Sasampunipun katampènan, sêtudhên enggal kalihan lami lajêng botên katingal bedanipun. Sadaya sami rakêt supêkêt kados sadhèrèk tunggil bapa biyung. Anggènipun srawung wontên ing pamulangan tuwin wontên ing gêsang padintênan botên mawi saru siku, botên kakên. Nalika pêpanggihan wau ugi mawi kawontênakên karamean, sêsorah, jogèt tuwin ngebarakên kagunan sanès-sanèsipun. Jam kalih dalu sawêg bibaran, marêmakên. Red

[Grafik]

Para sêtudhên ingkang sawêg dipun tètèr. Tilêman ungkêb-ungkêb dipun blonyo tigan wokan.

[Grafik]

Studhên ingkang badhe lumêbêt pakêmpalan, sami dipun gundhuli klimis.

[Grafik]

Karamean ontgroening. Para sêtudhên sami rakêt supêkêt kados sadhèrèk nunggil bapa biyung.

--- 1245 ---

Lêbaran

Petruk : Wèh, môngga, môngga, kangmas, lajêng kemawon.

Garèng : Wèh, kok sampun dumugi ngriki, dhimas, tiwas lèhku mlaku takgawe sakêpenakira.

Petruk : Bakyu pundi, kangmas. Lêbaran-lêbaran kok boya sowan kyaine.

Garèng : Kêtiwasan, dhimas. Punika wau inggih sampun kula jak mriki numpak becah.becak. Dumugi Pasar Sênèn kèndêl, lajêng mandhap. Dumadakan lajêng beka.

Petruk : Êlho, beka kadospundi.

Garèng : Nêdha mrêcon bantingan.

Petruk : E, lah kok modhèl têmên.

Garèng : Pancèn sampun adatipun. Manawi nglêrêsi lêbaran, mêsthi ngungêlakên mêrcon. Dados agêng alit kêtagihan, dhimas. Môngka sampun kula criyosi, yèn lêbaran samangke punika beda kalihan adat sabênipun. Ewasamantên mêksa beka, lajêng mantuk mak sêmperat... , kalihan lêntruk-lêntruk. Turna sampun kula sagahi: dhiajêng, ora susah anjaluk mêrcon. Mêngko nèk wis saka ênggone rama aku tak dadi mêrcon. Prakara mêrcon kuwi sing kok sênêngi rak ming unine: môngka aku bisa muni kaya mêrcon. Sus sus, dhor, bisa. Cês cês... jêt, bisa.

[Grafik]

Petruk : Lêbaran punika pancèn sok ngawontênakên gara-gara anèh-anehan. Punika wau, kêng rayi semah kula, inggih beka. Tujunipun gampil ingkang dipun têdha.

--- 1246 ---

[Iklan]

Garèng : Punapa dhimas.

Petruk : Tiyang namung mirah, kangmas.

Garèng : Lah inggih punapa.

Petruk : Namung nêdha... plêmbungan karèt.

Garèng : Êng, kok inggih sami. Botên, dhimas. Kyainipun dhêlik wontên pundi.

Petruk : Lah punika, sampun lênggah mêgug-mêgug ngatên kok.

Garèng : E e, tobil. Nganti mèh pangling aku. Lah kok ambêthithit, kathik nganggo pupuran merok-merok.

Sêmar : Lêbaran jare. Patut-patute rak iya kudu macak kêras. Iya nèk ming kêdhayohan kowe karo adhimu, ora dadi apa. Nèk kadhayohan wong liya, môngka aku ora nyandhang sing apik, hla rak diarani, mlarat, Rèng.

Garèng : Inggih, rama, pancèn lêrês. Manawi môngsa lêbaran punika adat ingkang sampun pancèn lajêng kongkirèn, sae-saenan pangangge, kathah-kathahan sêgahan, unggul-unggulan pasrèn griya, botên ketang dipun rencangi nêdha porsêkot.

Petruk : Sarêng sampun dados padatan, kangmas, wontênipun inggih namung sakarêpmu.

Sêmar : Uwis, Rèng, kene padha jadhuman, prakara ênggone siratulrahmi wis tak anggêp rampung. Kabèh wis padha takapura lupute. Lan iya uwis takparingi bêrkah.

Petruk : Inggih, rama, matur sangêt nuwun.

Garèng : Botên, dhimas. Salugunipun lêbaran sagêdhagan punika kula radi gêla. Beda sangêt kalihan lêbaran ingkang sampun-sampun.

Sêmar : Kapriye manèh, Rèng. Hla wong mangsane lagi kaya ngene. Ora wangun bangêt, yèn aku kowe padha kiyah-kiyah. Ananging, sanajana laire ora kiyah-kiyah, batine mêksa kudu bungah, bungah suci. Karo aja lali mèlu andêdonga supaya jagat enggala pulih tata têntrêm.

Garèng : Makatên punika, sampun samêsthinipun, [sa...]

--- 1247 ---

[...mêsthinipun,] rama. Prakawis bingah, pancèn ajêg wontên.

Petruk : Ora kang Garèng. Nèk kowe sing kok bungahi bangêt apa.

Garèng : Êlo, kok, njur ora basa. Iki rak lêbaran, ta, Truk.

Petruk : E, inggih, kêsupèn, kangmas.

Garèng : Manawi kula, sanajana salêbêtipun taun punika kathah prakawis ingkang pantês kita tangisi, namung kosok wangsulipun inggih kathah ingkang andadosakên panglipuring manah. Kangjêng Sri Maharaja, botên punapa-punapa, punika inggih dados panglipur. Lajêng ing nagari ngriki sakêdhap kemawon malih kiyat sangêt, punika inggih murugakên têtêg wontên manah. Ingkang kaping tiganipun, dene ing ngriki lajêng kathah pamulangan luhur, punika sagêd ambêdhodhogakên manah kula.

Sêmar : Iya, Rèng, Pancèn ngono. Ananging, apa anane pamulangan luhur kuwi mau bisa gawe rahayuning tanah Indonesiah, aku isih rada sangsi.

[Iklan]

Garèng : Manawi namung sangsi kemawon kenging, rama. Waton sampun ngantos sangsêng.

Sêmar : Sangsêng kuwi Jawane kapriye

--- 1248 ---

Garèng : Jawinipun layat. Dados, rama kenging gojag-gajêg, namung sampun ngantos mujèk-mujèkakên pêjah.

Petruk : Inggih, kang Garèng, nèk ngêndika pancèn sok clap-clup kaya wong mêdêl.

Garèng : Mangke rumiyin ta dhimas, sampun kalèntu tampi. Pêjah ing ngriku botên tumanduk dhatêng pamulanganipun luhur, namung tumanduk dhatêng sêmangatipun neneman kita, ingkang sami sinau wontên ing pamulangan luhur wau. Enggal mangke kula maos andharanipun Drs. S.H. Subrata wontên ing sêrat kabar Pêmandhangan. Suraosipun ngoncèki baya punapa ingkang dados sabab-sababipun dene para sagêd wêdalan pamulangan luhur punika kathah ingkang dèrèng sagêd gêsang piyambak wontên ing masarakat. Môngka wontên ing pamulangan luhur pancèn sami kagala tumandang piyambak, nyambutdamêl piyambak, sinau piyambak, cêkakipun sruwa-sruwi dhewe. Namung ingkang lajêng sagêd sarta gêsang dhewe têmênan, mêksa botên kathah. Pêpuntoning pamanggih, ingkang anjalari kirang apa-apa dhewe wau, margi sêmangatipun purun lan wani tumandang piyambak - ondernemingsgeest - kirang kiyat. Makatên panyuraos kula dhatêng andharanipun Drs. S.H. Subrata wau. Dene bab lêrês lêpatipun, sumôngga, dhimas.

Petruk : Kok inggih radi anèh, kangmas. Môngka wontên ing pamulangan luhur punika dipun dhidhik ngantos sagêd dados zelfstandig denker (-wong mikir dhewe-), zelfstandig werker (-wong tumandang dhewe-), hla kok mêksa wontên ingkang botên wani gêsang dhewe. Namung, sawêg saking pangintên kula, anggènipun kêkirangan, ondernemingsgeest punika bêktan saking griya, têgêsipun têtiyang ing ngriki umumipun pancèn dèrèng tangi sêmangatipun purun tumandang lan kêndêl ngrêkaos. Sanajana sampun gadhah piwulang yèn wania ing gampang... , namung cak-cakipun ingkang kathah inggih namung wani ing gampang têmênan. Têgêsipun wanine mung nèk gampang lakon-lakonane, môngka banjur kêpenak, banjur mukti, banjur bisa ngingu motor. Anamung kula wani tanggêl. Manawi ing ngriki kathah pamulangan luhur, kathah tiyang ingkang sampun angsal dhidhikan apa-apa dhewe, sêmangêt wani tumandang wau mêsthi inggih lajêng andados. Sêtudhèn-sêtudhèn sapunika, sampun katingal gumrêgutipun. Katingal bedanipun kalihan ingkang dede tilas sêtudhèn. Inggih bab pamanggih inggih bab sêmangat. Punika dados ungup-ungup sae, ingkang pawingkingipun sagêd mahanani rahajênging masarakat.

Sêmar : Nitik glagate pancèn ngono, Truk. Rèhning aku kiye bisane mung urun puji, sumbanganku marang adêging pamulangan luhur mau iya mung wujud donga, muga-muga pamulangan luhur aja mung dadi pusêring kawruh, nanging bisaa dadi sumbêring "zelfstandig werker" têmênan. Amin.

Garèng : Amin tênan.

--- 1249 ---

ASIH WÊLAS iku ênggone sing gawe urip

Piridan karanganipun L. TOLSTOI

Ing sawijine kutha, ana tukang trumpah. Jênênge Martin. Omah sing diênggoni Martin mau pancène gêdhe. Nanging disinggêt-singgêt dadi pirang-pirang sênthongan pating cromplong urut dalan. Sing diênggoni Martin mung sacromplong. Tur iku olèhe nyewa. Dudu duwèke Martin dhewe.

Kajaba ana lawange kanggo mlêbu mêtu ing omah, sisihe lawang ana candhelane. Inêbe jêplakan mêtu, èngsèle ana ing dhuwur. Yèn ngêngakake ora tau dijêplakake kabèh, mung sêparo, waton padhang kêna diênggo nyambutgawe. Sabab sadina-dina Martin yèn nyambutgawe iya ana ing ngarêp cêndhelane mau. Saka papan panggonane nyambutgawe yèn ana wong liwat Martin mung bisa wêruh sikile. Ewadene jalaran saka nitèni trumpahe, sanajan wonge ara katon, ora tau salah yèn mêthèk jênênge. Sabab Martin mau olèhe dadi tukang trumpah wis suwe. Wong sakutha têpung kabèh. Mèh ora ana wong ing kutha sing trumpahe durung tau kambon tangane. Êmbuh sing disalini dlamakane. Êmbuh sing diowahi tungkake. Êmbuh sing ditambal lan liya-liyane. Malah kêrêp bae Martin saka ing panggonan nyambutgawe aruh-aruh karo wong liwat, sabab mung dititêni trumpahe bae.

Patukangane Martin laris, ndina-dina ora ana lèrène, sabab pagaweane pancèn bêcik, murah, ora tau gêlêm njaluk opahan utawa ngarani rêga luwih saka mêsthine... tur têtêp kasaguhane. Sêmaya Slasa, iya Slasa têmênan. Anggêre ana wong utawa bocah marani trumpah mrono, ulihe mêsthi nyangking trumpah sing diparani. Jalaran saka kang mangkono mau wong-wong iya padha mantêp atine. Ora ana sing kapok utawa cilike niyat ngalih lêngganan mênyang liyane. Nganti saumur Martin mau misuwur dadi wong bêcik. Barêng wis ngunduri tuwa, malah banjur diundhaki, ditêmêni olèhe ngabêkti marang Pangeran.

Nalika dhèwèke isih nganthèk, isih mèlu wong liya, wis tau Martin kelangan bojo, tinggal anak lanang umur têlung taun. Pancène mono anake akèh, nanging anggêr bubar nyapih, mati, bubar nyapih, mati. Barêng têkan anak sing kari dhewe, bocahe urip, nanging êmbokne sing mati. Maune Martin duwe niyat, anake arêp dititipake adhine, sing wong wadon, luwês utawa pintêr ngopèni bocah cilik. Nanging barêng digagas-gagas atine ora mêntala:

Sakêpenak-kêpenake utawa sakopèn-kopène mèlu mbokcilik, wong jênênge bae dudu êmbokne dhewe, isih kêpenak, isih kopèn mèlu wong tuwa. Dadi anake banjur diêmong dhewe.

Nanging Martin banjur lèrèn olèhe nganthèk. Bawa dhewe. Gagasane, nyambutgawe mèlu uwong liya, nèk disambi karo momong anak, sing diiloni mangsa trimaa.

Sêsasi rongsasi, slamêt, ora ana apa-apa. Nganti sataun, rong taun, têlung taun, patang taun, kêna diarani sênêng uripe. Bisa nyambutgawe. Sêdhêng dipangan tur bisa ngopèni anak kayadene kang dikarêpake. Nanging barêng anake wis bisa rewang-rewang, ngrewangi ênggone nyambutgawe, Martin kêna ing godha manèh, anake lara,... lara,... lara,... nganti dadi lan patine. Ing kono Martin êntèk pangarêp-arêpe. Ora ana sing disawang manèh. Ora ana sing bakal nêrusake lêlakone. Samangsa Awake dhewe mati ora ana sing bakal nggêtuni. Sing ngucap-ngrasani utawa ngeling-eling kabêcikane iya ora ana. Cêkake Martin banjur lêmês, aras-arasan urip. Sing disuwun rina-wêngi, enggala nututi anake, aja nganti kêsuwèn. Yèn gagasane wis têkan kono, kêrêp bae banjur nutuh marang sing Kuwasa, ya gene anake sing dipundhut dhisik, ora awake dhewe sing wis tuwa, sing wis warêg urip.

Martin wis aras-arasên nyambutgawe. Wong ndandakake trumpah kêrêp bae dibalèkake. Diwangsuli yèn lagi susah. Yèn ana sing wani takon kapan marine. Martin banjur nêsu, muring-muring. Nanging bubar muring-muring banjur nangis, kèlingan anake.

Lêngganane Martin ana siji, sing wis tuwa. Iya tuwa umure, iya tuwa pikirane. Iku krungu saka tangga-tanggane bab kaanane Martin. Banjur mrêlokake nêmoni :

Kêpriye, Tin ?

Pripun, lurahe, ênggih kaya ngêtèn niki. Napa-napa botên sênêng. Napa-napa ampang. Sênêng kula mung mati. Anggêr kula diparingi mati, ngriku sawêg lêga manah kula.

Aja sok muni mêngkono. Atine digawe sing sabar. Sing eling karo sing Kuwasa.

Sabar-sabar napa. Eling-eling napa. Dieling-eling, kula ênggih disiksa. Pundi ontên, anak mung kari siji mawon, kok mêksa mêntala njabêl.

Kowe aja mancahi krêsane Pangeran, Tin. Dudu wajibmu mancahi kuwi. Ing atase Pangeran, kowe iku apa ? dudu amput-ampute. Aja manèh sing kowe, raja ora bisa, takkandhani. Pangadilane sing Kuwasa, iku pangadilan sing dhuwur dhewe sarta iya sing bêcik dhewe. Dadi wong urip iku, aku kowe utawa

--- 1250 ---

iya kabèh bae, wajibe mung kudu pasrah, manut apa krêsane. Dene mungguh anane kowe ora sênêng kaya saiki iki, iku kagawa saka klirune tekadmu. Tekadmu pancèn mung arêp golèk sênêngmu dhewe, arêp mburu kêpenakmu dhewe.

Nèk botên golèk sênênge dhewe, golèk sênênge sintên ?

Golèk sênênge sing Kuwasa. Awit sing paring urip iku ora liya kajaba sing Kuwasa. Dadi iya sing Kuwasa sing kudu diladèni, dièstokake dhawuhe, diênut krêsane. Janji kowe gêlêm ngèstokake dhawuhe, ngênut krêsane, ora-orane kowe bakal nêmu susah. Uripmu banjur krasa ènthèng, krasa kêpenak.

Napa ênggih, ta, kok mayar têmên.

Lho têmênan. Coba, anak sing uwis ora ana iku aja kok aku anakmu dhewe. Nanging akonana anak kagungane sing Kuwasa, digadhuhake marang kowe... wis, saiki anggêpên barang gadhuhan mau dipundhut sing kagungan... olèhe mundhut ora jalaran arêp disiya-siya utawa ora jalaran saka kurang pracayane marang kowe. Nanging mung saka pangeman. Iya ngeman anakmu, iya ngeman kowe. Êndi sing dakarani pangeman mau ? Lah kuwi saikine durung ketok. Ketoke liya dina, liya sasi utawa liya taun, samono mau yèn kowe ora munyal-munyal. Têgêse ngèstokake dhawuhe Ian ngênut krêsane.

Martin wiwit krasa atine, mênêng sawatara, banjur takon : "Dhawuhe Pangeran niku pripun, ta, lurahe. Kalih krêsane dospundi ?"

Dhawuhe, kowe kudu nyambutgawe sing bênêr bêcik. Lire bêcik, pagaweane kudu diangkah supaya didhêmêni ing uwong akèh. Dene bênêr, yèn mangsane nyambutgawe, kudu nyambutgawe. Kosokbaline yèn mangsane ngaso, iya kudu ngaso. Dadi aja sok nyambutgawe karo ngaso, utawa aja sok ngaso karo nyambutgawe. Mangsane nyambutgawe, nyambutgawe. Mangsane ngaso, ngaso.

Sing êmpun kula tindakake niku rak ênggih ngotên ta, lurahe.

Mulane kuwi, sarèhne sing siji wis koktindakake, ya iku dhawuhe", mulane tumrape kowe saiki mung kari ngèstokake "krêsane". Anggêr krêsane wis kokèstokake, wis cukup, uripmu ora mung bakal bêcik bae, nanging atimu iya bakal ènthèng, bakal kêpènak."

Lah krêsane kêpripun ?

Krêsane, kowe kudu dhêmên mênyang Pangeran.

Lah dhêmên têng Pangeran niku lakune pripun ?

Sapisan ngandêl marang pangadilane sing Kuwasa. Ping pindhone trêsna marang sakabèhe sing dititahake.

Ngarah saèstu, niku, lurahe ?

Lho, têmênan. Titènana bae. Ora-orane aku goroh. Anggêre kowe ngandêl têmênan marang pangadilane, sarta trêsna tênan marang sapêpadhamu urip, uripmu mêsthi sênêng... Wis ya, Tin, aku dakmulih... Atimu kêpenakna. Eling-elingên sarta gugunên kandhaku mau.

Ênggih, lurahe, nggih matur nuwun. Nyuwun pangèstu mawon.

Ya. Nèk sêla-sêla pagawean, mranaa gênti ! Mêngko rêmbuge ditêrusake, mèn saya cêtha. Dhayohe mulih, Martin mlêbu ing omah. Atine ana sudane, sanajan durung akèh. Têmbunge dhayoh sing ngandhakake, yèn anake olèhe dipundhut iku mung jalaran saka pangeman, tansah dieling-eling. Gagasane :

Yèn pancèn mêngkono, ya uwis, aku wis rila. Banjur salin kèlingan pakone dhayohe, jarene janji dhèweke gêlêm nyambutgawe kaya dhawuhe sing Kuwasa, sarta gêlêm ngèstokake krêsane, uripe bakal ènthèng, bakal kêpenak, ora susah. Iku têrus dieling-eling, digolèki. Ana laline sawatara yèn pinuju nyambutgawe, nanging sabubare nyambutgawe, iya banjur kèlingan manèh, banjur dipikir manèh.

Mangkono mau sabên dina. Mundhak dina, têmbunge dhayoh mau mundhak akèh sing kèlingan. Kudu dhêmên mênyang sing Kuwasa, kudu ngandêl mênyang pangadilane. Kudu dhêmên mênyang sapadha-padha, satêruse.

Sanajan Martin ngrêtine marang prakara mau durung cêtha, nanging wis ana bêcike. Nyambutgawe tumêmên. Mangsane nyambutgawe, nyambutgawe ; mangsane ngaso, iya ngaso. Mênyang laku kang ora bêcik, upamane: dhêmên lêlungan ing wayah bêngi, dhêmên ngombe inuman kêras, dhêmên nyatur tangga lan liya-liyane wis mari. Yèn krungu tangga-tanggane nyatur wong liya, kupinge sok ditutupi.

Nuju sawiji dina, lagi têngah-têngahe nyambutgawe, Martin krungu wong undang-undang, rumangsane saka ing buri:

Martin !

Martin mengo. Nggolèki sing ngundang. Nanging ora kêtêmu. Banjur têrus nyambutgawe manèh, ndondomi sêpatu. Lagi olèh limang cublêsan, krungu wong undang-undang manèh. Martin iya mengo manèh. Nanging sing undang-undang ora ana katon. Diwêtoni iya ora ana. Ditakok-takokake wong liya ora ana sing wêruh. Banjur nyambutgawe manèh. Nanging ora suwe, sing undang-undang nyuwara manèh : "Tin! Martin! Sesuk olèhmu nyambutgawe karo ngawasna ing dalan. Aku arêp têka ing omahmu !"

Martin gèdhèg-gèdhèg, njêngêr saking gumune. Mangka dhèwèke ora rumangsa turu. Ngantuk iya ora. Dadi sing dirungu mau dudu impèn. Nanging prakara mau ora digagas dawa. Mung niyate esuke arêp dièstokake.

Esuke ora tau-tau, Martin kok kêpengin mangan olah-olahane dhewe. Dadi anggone nyambutgawe esuk mau disambi ngliwêt, disambi njangan. Karo bola-bali ngawasake ing ratan. Yèn ana wong liwat sing trumpahe durung tau wêruh, olèhe nyawang nganti ndhingkluk, kêpengin wêruh wonge. Tur samangsa wêruh, iya ora apa-apa. Ora wani ngêndhêg, utawa nakoni : "Napa sampeyan sing saguh ajêng têng nggèn kula ?" Têrus mlaku ditogake bae. Dene yèn sing liwat mau wong sing wis diwêruhi, kêtitik

--- 1251 ---

saka trumpahe, iya ora dikapak-kapake.dikapak-kapakake. Sabab saka gagasane Martin, wong sing saguh arêp têka mênyang omahe, iku mêsthi wong sing durung ditêpungi.

Ora suwe ana suwara : srèg ! srèg : suwarane wong nyapu. Sanajan Martin wis wêruh yèn sing nyapu mau Si Sêtepanis, pènsiunan srêdhadhu, sing banjur dadi tukang nyapu dalan, ewadene Martin mêksa nglongok mêtu, ngawasake. Bubar ngawasake sadhela, têrus nyambutgawe manèh, karo nggrênêngi awake dhewe : "Wis gênah yèn dudu, kok direwangi lèrèn olèhe nyambutgawe iki, ta."

Nanging lagi sadhela, wis lèrèn manèh, ngawasake mêtu manèh.

Nalika samono wiwit esuk wis kêpyur. Mangsane pancèn mangsa rêndhêng. Sanajan kêpyure ora kêna diarani gêdhe, nanging wong liwat ing dalan akèh sing padha kudhungan, arane iya sajak kêsusu, kuwatir yèn klambine têlês.

Stepanis isih têrus nyapu, wis têkan ngarêpe bênêr omahe Martin. Nalika diawasake Martin kang kaping pindhone mau, lagi lèrèn, sapune ora dikosrèkake, karo ngêmèk-êmèki klambine sing wis anyêp. Ora suwe minggir, arêp ngeyub ing èmpère omahe Martin, kambi ngaso sawatara. Martin nggagas :

Sajake adhêm, wong kuwi; karo iya wis sayah. Mbok coba dak tawanane ngombe wedang, mèn diênggo angêt-angêt.

Sawise nggagas mangkono, pagaweane disèlèhake. Wedang tèh sing dicêncêm, banjur diilingi. Cangkir ing patehane loro-lorone diisèni kabèh. Banjur njupuk gula satangkêp, dicuwil-cuwil diwadhahi cawan. Barêng uwis, kêbênêran nalika iku Sêtepanis nglongok mlêbu ing omahe Martin. Banjur diawe, kambi diwêngani lawang.

Adhêm wakne iki ayake. Kene angêt-angêtan ngombe wedang !

Stepanis krungu ditawani wedang, awake sing wis krasa lêmês, sanalika kayadene mêtu kêkuwatane. Pancèn sakesuk dhèwèke durung kambon apa-apa, sarapan durung, medang sing adate ora tau towong iya durung. Saking bungahe, ora bisa mangsuli apa-apa. Mung mênyat kambi umak-umik ngucap sukur marang kang gawe urip. Barêng wis ana ing jêro omah banjur diêjak lungguh ing lincak panggonan patehan. Arêp lungguh ngisor, ana ing dhingklik, sing duwe omah ora awèh. Sawise lungguh, banjur bêbarêngan nyruput wedang. Olèh sasruputan Sêtepanis cahyane wis owah. Cangkir padha disèlèhake. Gênti njupuk gula, dilalab. Sasuwene mamah gula, cangkir wis padha dicêkêli manèh. Gula lêmbut, wedang diombe, glênggêng, sacêgukan êntèk. Sêtepanis wis rumangsa pulih kêkuwatane, wis bisa dhèhèm-dhèhèm. Sing duwe omah nawani : "Malih nggih, wakne." Karo ngilingi cangkir sing wis kothong. Sing dhisik cangkire Sêtepanis, banjur cangkire dhewe. Sasuwene ngilingi wedang, Martin sadhela-sadhela ora lali kambi ngawasake ing jaba, nganti dhahoye takon: "Sajake mase niku kok ontên sing diarêp-arêp. Sintên, ta ?"

[Iklan]

Lêrês kandhane wakne. Pancèn ontên sing kula arêp-arêp. Nanging yêktine isin kula ajêng ngandhakake sintên sing kula arêp-arêp niku. Kalih malih napa ênggih êmpun mêsthine yèn kula ngarêp-arêp. Jalaran kula niki mung krungu swara. Dene krungu kula niku napa mung rungu-rungunên, napa krungu têmênan, napa nalika niku kula pinuju ngantuk, napa pinuju mêlèk, lah niku sing kula botên wêruh. Ngètên inggih, wakne. Wingi niku kula sawêg nyambutgawe. Wayahe ênggih wayah ngètên niki. Sasuwene nyambutgawe, ati kula kok adrêng ngeling-eling têng kuwasane sing gawe Urip; sing nitahake jagad sêmèntên niki, lan ênggih sing nitahake kula sampeyan niku, sing adil, sing botên pilih kasih. Lah sasuwene kula ngeling-eling kabèh wau, kari-kari njur krungu wong undang-undang jênêng kula. Pisan pindho mung ngundang mawon, ping têlune kalih mungêl mêkètên: Sesuk ngawasna mênyang ratan, aku arêp têka ing omahmu."

Niku têmênan lo wakne, kula botên kandha goroh.

Mangka dhèk sêmontên kula ênggih botên tilêm. Mula mangsa bodhoa ngriku angsale ajêng ngarani. Dintên niki cêkake èntên sing kula arêp-arêp."

Sing dikandhani mênêng bae, bingung anggone arêp mangsuli. Arêp ngandêl kapriye, ora ngandêl kapriye. Mulane mung gedhag-gèdhèg bae karo muni : èh, èh, èh. Sing duwe omah wêruh Sêtepanis gedhag-gèdhèg, mripate banjur ngawasake panggonan liya. Wasana wêruh cangkir sing padha diadhêp isih kêbak, banjur ngajak ngombe manèh :

Êngga, wakne, wedange, sêlak adhêm mêngke. Ngriku gulane. Êngga ta !

Sêtepanis krasa yèn ênggone manggakake Martin mau kanthi kêduga, mula iya ora ewah-ewuh, njupuk gula; rong cuwil, têrus dimamah. Sing duwe omah nirokake. Barêng pamamahe gula wis lêmbut, wedang banjur padha diombe.

Bubar ngombe wedang kang kapindho mau, Sêtepanis tata-tata arêp mênyat, arêp nutugake ênggone nyapu, karo kandha mangkene :

Wah, pancèn elok niku !

Martin ngrêti karêpe dhayohe. Nanging sêrèhne rumangsa durung tutug anggone omong, dhayohe digondhèli, cangkire dijogi manèh karo kandha mangkene :

Sêcangkir malih, wakne. Wau kula sing ngancani sampeyan, saniki sampeyan kudu ngancani kula.

Bubar ngilingi wedang, tekone disèlèhake. Banjur kandha manèh :

Lho, rak ênggih ngotên, ta, wakne. Wong urip niku rak kudu kancan-kancanan, ta. Dadi nêtêpi krêsane sing gawe urip. Wong dititahake ontên donya botên dikon kêrêngan,

--- 1252 ---

nanging dikon sanak-sanakan. Wondene golèk sanak niku botên prêlu nganggo pilih-pilih, ndadak milihi wong sing sugih, sing babag. Niku botên prêlu. Kabèh-kabèh jênênge titah. Rèhne padha dititahake, karêpe ênggih padha dikon rukun, padha tulung-tinulung. Nèk sing siji lagi nandang kasusahan, liyane dikon nulungi. Ênggih napa botên, wakne ?

Sêtepanis dhasar wong kang alus bêbudène, wong kang kêsrakat uripe, barêng krungu têmbunge Martin sing kaya mangkono, atine gumrêgêl, wedang sing wis diiling ora diombe malah dislorokake. Awake dhewe mênyat kambi kandha mangkene:

Wah, bangêt panrima kula, mas, sampeyan ngêndika sing kados ngotên. Manah kula sing tansah kêsakit-sakit, rumaos angsal jampi. Êmpun, mas, kula ajêng nglajêngake angsal kula nyapu.

Martin nyambungi : "Wedange botên mang êntèkake ?"

Sêtepanis mangsuli : "Botên, êmpun dugi angsal kula ngombe. Sanès dintên mawon kula mriki malih."

Sêtepanis banjur pamit, têrus mêtu karo ngondhok-ondhok atine. Dene Martin iya banjur mèlu mênyat, karo ngombe wedang sing wis diilingi ana ing cangkire, arêp nyambutgawe manèh.

Sasuwene nyambutgawe iya isih têrus sadhela-sadhela ngungak mênyang jaba, nganguk-anguki uwong sing saguh têka. Mungguh gagasane Martin, uwong sing saguh têka mau ora liya kajaba utusane sing Kuwasa. Mula kêpengine wêruh iya bangêt. Aja manèh krungu suwarane wong liwat ora dianguk-angukana, wong ora krungu apa-apa, matane sadhela-sadhela iya pijêr ngawasake mêtu.

Ora suwe ana suwara kêthêplik-kêthêplik, malah wong loro, barêngan. Disawang trumpahe, jêbul upas ing desa kono. Panyawange ora ditêrusake. Lêt sadhela manèh tanggane sing liwat, iya mung dititèni saka trumpahe bae. Banjur gênti bature wong sing sugih dhewe ing desa kono. Iya ora diopèni.

Sadhela manèh ana wong wadon liwat, trumpahe katon wis ora karuwan rupane. Têkan ngarêp cêndhela panggonane Martin nyambutgawe, dilalah wong waumau. lèrèn, sarta ora suwe malah banjur minggir arêp golèk sèndhèn gêdhèg. Martin banjur bisa andêlêng cêtha; wêruh yèn wong wadon mau nggendhong anak isih cilik. Bocahe nggriyêng nangis. Disusoni ora gêlêm, jalaran banyune susu wis ora mêtu. Martin ora têgêl ngawasake. Banjur mênyat njranthal mênyang ing lawang. Têkan ing undhak-undhakan wong wadon mau dicêluk :

Mrenea, ndhuk. Anakmu kok nangis bae. Kene mlêbua kene ?

Wiwitane wong wadon sajak wêdi, mangsuli arêp ana ing jaba bae. Nanging barêng dipêksa-pêksa, iya banjur manut, mèlu Martin mlêbu ing omahe. Nanging lagi olèh rong tindak saka ing lawang, banjur ndhodhok arêp andheprok. Aja enggal dicandhak Martin, bokmanawa kêjêngkang. Banjur didêgake manèh, dituntun dilungguhake ing lincak, saburine dhingklik panggonane nyambutgawe.

Kene, ndhuk, linggiha kene. Awakmu katone sayah têmên. Anakmu nangis bae !

Inggih, pak, toya sêsêpan kula sampun botên mêdal, awit wiwit enjing kula dèrèng nêdha. Sanajan kandha mêngkono, ewadene anake mêksa disusoni. Martin mung ngawasake kambi gèdhèg-gèdhèg, saking wêlase. Kabênêran nalika iku liwête wis matêng. Martin enggal njupuk piring, nyidhuk sêga, disèlèh ing lincak sandhing panggonane lungguh dhayohe. Bubar njupuk sêga, banjur ngêngakake lêmari, njupuk lawuh; uga disandhingake dhayohe. Sawise sêga karo lawuh disêdhiyakake, banjur ngiling wedang turahane sing diombe karo Sêtepanis, karo kandha mangkene :

Wis, ndhuk, mangana kono, lah iki wedange. Anakmu sèlèhna dhisik, daktunggune. Wong aku ya wis tau duwe anak cilik. Takênêng-ênêngane.

Wong wadon banjur mangan. Anake wis disèlèhake, ditunggu Martin. Bocahe isih nangis bae. Nanging saking pintêre Martin anggone ngênêng-ênêngi, dijak ngguyu, dijak gunêman, bocahe suwe-suwe mênêng. Banjur lambene diênggo dolanan, didêmak-dêmok nganggo gêgêring driji panuduh, karo dijak ngguya-ngguyu. Bocahe iya banjur lali ngêlihe, gêlêm ngguyu. Sasuwene ndolani bocahe, Martin nanggap wong wadon mau, ditakoni jênênge, omahe Ian liya-liyane. Wong wadon banjur crita mangkene :

Semah kula punika dados srêdhadhu. Dene samangke sawêg kesah pêrang. Anggèn kula dipun tilar, jalaran sawêg ngandhêg sêpuh, inggih ngandhêgakên lare punika. Sarèhning kula tiyang kalih punika pancèn botên gêgadhahan, dados sakesahipun semah kula, kula lajêng kapêksa pados panggêsangan piyambak. Kêlampahan kula sagêd angsal pangengeran. Sadangunipun kula ngèngèr, lare punika mêdal. Sarèhning tiyang rencang lare alit, kados kula, punika botên kalap baunipun, kula lajêng kawêdalakên. Sapriki anggèn kula botên nyambutdamêl sampun tigang wulan. Arta utawi sêmbêt-sêmbêt anggèn kula nggêmèni nalika kula nyambutdamêl, sampun rêsik. Mrika-mriki kula pados padamêlan, tansah dados tampikan. Dados inya, kula inggih botên dipun ajêngi, jalaran badan kula sakalangkung kêra. Mênika wau kula mêntas saking panggenanipun bakul sugih. Awit kula mirêng saking tangga kula ingkang ugi nyambutdamêl ngrika, cariyosipun bêtah rencang malih. Kula sampun bingah, sampun njagèkakên manawi dipun tampèni, sarta inggih lajêng kenging têrus tumut manggèn ngrika. Nanging kantun-kantun dipun sêmadosi saminggu malih sawêg kapurih wangsul. Mangka griyanipun têbih sangêt. Wah badan kula, raosipun sampun botên kantên-kantênan. Makatên ugi anak kula, têmtunipun inggih tumut sayah. Mangka toya sêsêpan sampun botên mêdal. Namung tujunipun [tu...]

--- 1253 ---

[...junipun] tiyang ingkang kula pondhoki punika manahipun sae. Sampun tigang wulan kula botên sagêd mbayar arta pondhokan, inggih dipun kèndêlakên kemawon. Dipun têdha botên, malah katingal wêlasipun dhatêng kula. Upami botên makatên, mbokmanawi kula kalampahan tilêm wontên ing pêkên.

Martin krungu dongènge wong wadon ma gèdhèg-gèdhèg. Banjur takon :

Apa kowe wis ora duwe gombal-gombalan? "Sampun botên gadhah. Gombalan kula inggih namung ingkang kula angge punika. Malah slendhang ingkang kula angge ngêmban anak kula punika suwèkanipun tapih ingkang kula angge punika. Margi kalawingi slendhang ingkang adatipun kula angge nggendhong anak kula mêntas kula sade, kula angge nêdha."

Nalika samono wong wadon mau wis rampung olèhe mangan. Sawise nyingkir-nyingkirake piring dhewe, banjur anake gênti dicandhak. Dene Martin enggal mbukak glèdhège, njupuki gombal-gombalan sing wis ora kanggo, diwènèhake marang wong wadon mau :

Ênya gawanên, mbokmanawa isih kêna kokênggo mbuntêl anakmu.

Wong wadon mau nampani gombalan kambi arêp nangis. Banjur kandha :

O, sangêt panuwun kula, pak. Kula rumaos sampeyan gêsangi. Pangeran pancèn adil. Tujunipun kula wau langkung ngriki. Upami botên, mbokmanawi kula kêlampahan pêjah sèastu.saèstu. Utawi malih kok inggih kêlêrêsan bapak kala wau mriksani dhatêng ing jawi, kadosdene dipun osikakên dhatêng ingkang Kuwaos.

Martin krungu têmbunge wong wadon mau bungah atine. Banjur nyambungi :

Bênêr kandhamu, ndhuk: Pancèn Pangeran sing ngosikake atiku. Olèhku sadhela-sadhela nyawang mêtu iku iya saka dhawuhe Pangeran.

Sabab wêruha... Ing kono Martin banjur nyaritakake olèhe krungu swara nalika nyambutgawe kae.

Wong wadon mangsuli :

Ingkang Kuwaos pancèn maha asih, bapak. Sasampunipun kula lajêng badhe mantuk. Wong wadon banjur nglumpuk-nglumpukake gombalan. Sawise dibuntêl dadi siji, banjur mênyat arêp mêtu, sarta pamitan manèh, Ian iya nglairake panarimane manèh. Nanging durung nganti mêtu, Martin nututi kambi ngulungi dhuwit ukon siji. Têmbunge :

Ênya, ndhuk, irit-iritên cukupna sêminggu, nganti kowe sida mèlu bakul sing arêp kokngèngèri.

Wong wadon nampani dhuwit karo bangêt sukure marang Pangeran. Sauwise mangkono, banjur mêtu, arêp têrus mulih. Dene Martin mung ngawasake bae nganti wong wadon mau ora katon. Barêng uwis, banjur bali mlêbu ing omah, nêrusake olèhe nyambutgawe.

Sasuwene nyambutgawe, kajaba tansah ngeling-eling marang lêlakone wong wadon mau, uga tansah bola-bali nyawang mêtu. Anggêr krungu suwarane wong liwat, utawa wêruh ayang-ayangane iya diawasake. Dene sing liwat mau ana sing wis ditêpungi, sarta iya ana sing durung ditêpungi, nanging kabèh-kabèh ora ana sing dianggêp pantês digatèkake.

Ora suwe Martin wêruh wong wadon wis tuwa, liwat ing ngarêp candhelane. Wong mau bakul woh-wohan. Nyunggi tebok cilik mung isi woh-wohan kari sathithik. Karo nggendhong Ian ngindhit tenggok kêbak isi tatal Ian kêthokan kayu pirang-pirang. Sêmune olèhe mêntas anjaluk utawa nglumpuk-nglumpukake ing ênggone tukang kayu, arêp digawa mulih.

Têkan ngarêpe omahe Martin, wong mau lèrèn, ndhodhok ana ing pinggir dalan, katon saka ing panggonane Martin nyambutgawe. Tenggok kang dikêmpit disèlèhake, ditumpangi tebok sing isi woh-wohan. Dene wonge lagi mingêr mênyang buri nata tatal kang digendhong ana ing tênggok buri. Kari-kari lagi uthêk ambênakake tatale mau, ana bocah têka, marani tebok sing isi woh-wohan, clêmut, njupuk jêruk kêprok siji, arêp digawa mlayu. Nanging dumadakan sing duwe kayadene krasa. Barêng karo bocah anggone njupuk jêruk, dhèwèke mengo. Bocah banjur dicêkêl tangane. Bocahe budi. Wong wadon kêjêngkang nganti krengkangan. Nanging panyêkêle ora ucul. Bocah disêndhal, ngêbruki bakule, banjur dadi gêlut. Nanging sarèhne bocahe isih cilik, suwe-suwe iya kalah. Dicêkêl cêngêle, digablogi gêgêre karo diunèk-unèkake : maling cilik. Bocahe bêngok-bêngok, kandha wis kapok. Nanging wong wadon sêmune wis waringutan:

Martin ora tahan atine wêruh bocah digablogi gêgêre. Kèlingan anake dhewe. Banjur njranthal mêtu. Saking kêsusune nalika mêdhun ing undhak-undhakan mênyang ing dalan têsmake tiba ora digagas. Têrus nyêkêl tangane bocah, karo kandha :

Sampeyan culake, mbakyu. Sampeyan apuntên !

Kula purun ngapuntên, yèn êmpun biru èrêm Awake. Bocah gadhangan maling mêkotên niku kudu dilapurake têng pulisi.

Ampun, yu. Kiyambake rak êmpun mungêl kapok. Sampeyan eling ta, bocah sêmontên niku umur pintên ?

Wong wadon nggugu. Bocah banjur diculake. Sawise diculake bocahe banjur arêp mlayu, ora ngrêti yèn isih dicêkêli Martin. Martin banjur kandha :

Ayo. Saiki kowe kudu gênti njaluk ngapura marang wakne. Sabab saka olèhmu arêp nyolong jêruk.

Bocahe krasa atine, banjur nangis, karo mêgap-mêgap ngakoni olèhe nyolong jêruk, karo kandha yèn wis kapok têmênan. Sawise njaluk ngapura, Martin kandha karo njupuk jêruk siji saka tebok diulungake marang bocah :

Lah rak mêngkono. Wong luput kudu njaluk ngapura. Ênya saiki kowe dakwènèhi jêruk! - Kanjênge,Kajênge. yu, kula sing mbayar !

Sampeyan niku rak nênuman bocah, pakne cilik. Bocah kaya niku kapoke kudu kalih gêbug !

--- 1254 ---

Pancèn ênggih ngotên, yu, sêmontên niku nèk sampeyan utawi kula, nanging nèk sing Kuwasa botên mêkotên. Nèk lare mung nyolong jêruk mawon digêbugi, gèk sêpintên agênge ukuman kula kalih sampeyan, sing dosane mbokmanawa tikêl têkuk kalih bocah niku !

Wong wadon ora bisa mangsuli, mung mênêng bae. Martin banjur carita, nyaritakake lêlakone wong urip. Karêpe arêp ngrêtèkake wong wadon mau yèn wong urip iku sadina-dinane tansah ana bae kaluputane. Wong wadon ngrungokake. Bocahe iya mèlu ngrungokake. Barêng uwis, Martin kandha :

Pancèn krêsane sing Kuwasa, tiyang gêsang niku kêdah purun ngapuntên. Sabab yèn botên purun ngapuntên, awake kiyambak ênggih botên diapuntên. Dene sing diapuntên niku botên prêlu pilih-pilih, ênggih sintên mawon. Saya malih tiyang sing dèrèng ngrêtos awon-sae.

Wong wadon sêmu ora ngandêl, ngêsah kambi gèdhèg. Banjur calathu :

Ênggih jalaran sing ngotên niku, mulane bocah-bocah jaman saniki saya botên gênah. Martin mangsuli: "Lah niku rak saking lupute sing tuwa, botên purun ngajar Ian botên gêlêm mêruhake ala Ian bêcik."

Wong wadon mangsuli : "Saka panêmu kula ênggih mêkotan. Kula piyambak anak kula pitu, sing gêsang mung kantun satunggal, èstri." Banjur nyaritakake yèn dhèwèke saiki mèlu anake wadon mau. Putune wis pirang-piraang:pirang-pirang. Lah niku nggih, mas. Sanajan kula êmpun tuwa, awak kula êmpun ringkih, nanging taksih kula kuwat-kuwatake kula êngge nyambutgawe, saking kumudu-kudu kula ajêng damêl sênênge putu. Ontêne saniki sing dadi kasênêngan kula mung putu. Wah pripun ta, mas, olèhe sami ndhêmênakake. Saya malih sing nomêr têlu, niku êmpun botên kenging pisah kalih kula; anggêre kula mantuk saking dodolan, taksih têbih êmpun diplayoni karo undang-undang: Mbah ! Mbah, kowe kok lagi mulih !

Têkan samono wong wadon mau lèrèn anggone êcrita,crita. karo mèsêm sarta kaca-kaca mripate. Banjur kandha manèh:

Sanajan bocah niku wau mêsthine ênggih mung gêguyon mawon. Muga-muga mawon sing Kuwasa banjur nuduhake dalan sing bênêr !

Anggone kandha mangkono mau karo nggendhong sênik Ian nyugginyunggi. teboke. Barêng arêp nyandhak sênik sing arêp diindhit, bocah sing maune diêjak gêlut mau, banjur ngrêbut sênik karo kandha :

Dakgawakke, mbah, sanike, wong dalane barêng we!

Sênik sing arêp diindhit diwènèhake bocahe. Banjur disunggi. Bocah kambi wong wadon tuwa banjur padha lumaku bêbarêngan, disambi omong-omongan. Ora ana tipake sathithik-thithika yèn mêntas padha padu. Katone kayadene êmbahne karo putune dhewe. Lali njaluk dhuwit rêgane jêruk marang Martin. Dene Martin mung nyawang bae karo ngguya-ngguyu. Barêng wis adoh, Martin njupuk kaca mripate sing rigol banjur mlêbu ngomah, têrus mbalèni pagaweane. Durung suwe, srêngengene surup. Nalika iku tukang lêntera ing dalan wis wiwit nyumêdi lêntera. Barêng Martin wêruh, kaya dielingake, ndandani lampune banjur dipasang. Sawise masang lampu, nêrusake ênggone nyambutgawe, sabab arêp dilèrèni kêtanggungan. Ora suwe pagaweyane rampung. Bêkakase diklumpuk-klumpukake, cuwil-cuwilan kulit sing pating kêcicir dijupuki, banjur lampune diêlih ing panggonan lungguh yèn dhèwèke pinuju ora nyambutgawe.

Sawise nyanthèlake lampu, awake dhewe banjur lungguh, arêp ngaso kambi nggagas-nggagas lêlakone ing dina iku. Lagi bae srêg lungguh, krungu suwarane wong mlaku, mêtu saka sênthong paturone marani lawang sing ana ing têngêne panggonan lungguh. Martin mengo ngawasake. Ing kono rumangsane wêruh wong sawatara padha ngadêg ana ing têngah lawang, nanging ora cêtha siji-sijine. Banjur ana siji sing undang-undang : "Tin ! Martin! Apa kowe pangling karo aku ?"

Martin takon : "Sapa kowe ?"

Aku.

Lèrène suwara sing muni "Aku" banjur ana rêrupan cêtha, wujude wis plêg Sêtepanis, ngajak ngguyu Martin sadhela, banjur lap ilang. Ilange rêrupan sing kaya Sêtepanis, banjur ana suwara manèh :

Karo aku, Martin !

Dene kang katon rupane wong wadon kang mêntas ditulungi awane, kambi nggendhong anake. Sawise ngajak ngguyu, iya lap ilang. Banjur ana suwara manèh :

Karo aku iya, Martin !

Sarta ing nalika iku kang katon wong wadon tuwa, bakul woh-wohan, kambi bocah lanang kang dijak gêlut mau. Loro-lorone ngajak ngguyu, kambi bocahe lanang nyêkêli jêruk dituduhake marang Martin. Nanging katone uga ora suwe. Banjur ilang lap kaya sing uwis-uwis.

Wêruh rêrupan kabèh mau, Martin atine dhêg-dhêgan, nanging iya bungah. Banjur digagas-gagas :

Apa iya kuwi sing saguh têka mrene wingi kae ?

--- 177 ---

No. 45, 29 Ocober 1940, Taun XI

TAMAN BOCAH

Ingkang ngêmbani : Bu Mar.

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CÊNTRUM RÊGANE SATAUN f 1.50 KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK. LÊNGGANAN KAJAWEN LÊLAHANAN.

Alal Bahalal

[Grafik]

Lha, saiki wis dina Lêbaran, têkan mangsane aku kambi kowe padha ngapura-ngapuranan, kaya adat sing uwis. Wah, kok gêlis têmên dinane, ya cah. Kayane gèk wingi wae olèhe mêntas Lêbaran, jêbul wis sataun, dadi olèhku momong kowe kabèh wiwit lêbaran buri têkane dina iki wis ganêp sataun manèh.

Wah, lha ora kêna diitung, kaluputan-kaluputan sing dakbon sajrone sataun ya wis akèh. Mulane rèhning saiki dina Lêbaran, kabèh kaluputanku mau padha ngapuranên. Sadurung Ian sawise kowe ya wis dak-apura kabèh. Lan padha donga-dinonga, taun ngarêp iki pinaringana slamêt, Bu Mar isih pinaringan bisa momong kowe kabèh, Ian kowe uga lêstari olèhe dadi kêponakane Bu Mar. Sanajan ing dina Lêbaran iki kowe ora padha têka nyang nggonku, ning nèng angên-angênku, aku kêmbul kowe kabèh. Kowe ketok kabèh, sajak bingar-bingar, nyandhang sarwa anyar, sing tapihan, rok-rokan, sing pantalonan lan sing blangkon, wah rupa-rupa, brêgas-brêgas Ian ayu-ayu.

Lah iya nyatane wong gèk badan, apa-apa ya diuja, plêsir-plêsir, mangan enak Ian rupa-rupa liyane. Mêntas tirakat sêsasi, ngurang-ngurangi: kurang mangan, kurang turu Ian saora-orane iya kurang dolan Ian plêsir. Lha saiki mangsane sênêng-sênêng, Bu Mar iya mèlu sênêng, apamanèh saiki wis kumêcap njaluk ngapura kambi kowe kabèh, rasane ènthèng Ian lêga atiku. Kowe rak ya ngono, ta, cah ? Aja lali, ya, njaluk ngapura mbi kanca-kancamu sing kokjak srawungan ing sabên dinane.

BU MAR.

--- 178 ---

PLÊSIR-PLÊSIR DINA LÊBARAN

Cah, sajatine kowe kambi Pak Su ki durung wanuhan. Ning wong wis padha dene wêruh tulisane (Pak Su sok dhêmên mèlu maca layang-layangmu), dadi iya jênêng uwis sêsrawungan. Mulane ya prêlu : ayo padha ngapura-ngapuranan, nèk cara Bêtawine : "Kalo adhe sale-sale kate." (= Kalau ada salah-salah kata). Njut Pak Su iya ndongakake kowe kabèh : di padha pintêr, srêgêp, sênêng lsp. Cukup ya ?

[Grafik]

Saiki, sarêhne dina Lêbaran, ayo sapa mèlu plêsir-plêsir nunggang eendaagsche, ngko daktuduhi wêrna-wêrna. Wis apa ? Ndang rikat, sêpure sêlak mangkat. Munggahe nèng Gambir, ya ? Karcise Pak Su wis sêdhiya. Ala busêt (cara Bêgêlèn ), wong jare akèh têmên ! Kuwi rak wong arêp padha nyang Bogor ayake. Klambi wêrna-wêrna klambi, pacakan apa wae ana ! Huh ko, mèh tiba kowe, jênèh ndlèngèr. Sapa kuwi ? Padma, Mr Cornelis. Ayo Ma, sêlak kêpancal sêpur !

Sêpur mangkat ; jès-jès-jèsssss! Wis, dha mapan le lungguh? Ndêlênga njaba. Sadalan-dalan akèh uwong. Suwe-suwe mripate kulina wêruh wong padha macak. Manggarai-Mr. Cornelis ora lèrèn. Têrus wae: jus-ujus-ujus, srooong. Ha, wis mêtu saka kutha. Dêlêngên sisih têngên ngarêp, srêngengene durung duwur. Wah, apik ya ? Rada kaling-kalingan mega dadi didêlêng ora mblêrêngi, malah katon bundêr abang sêmu jambon, tur gêdhe. Stasiun cilik-cilik mung diliwati wae, lap, lap. Têkan Cikampèk mandhêg, prasasat lagi grêg wae, njut wis mangkat manèh. Pari diundhung-undhung pirang-pirang. Njut iya akèh kandhang babi. Saiki ngalih linggih ndêlêng ngiwa. Wah, lêmah kok ngono ya,.ora ana têtandurane. Lêmah ngono ki kanggo apa ya, ? Ngilaki-ilak ora ana desa. Pagadhènbaru, Jatibarang mung diliwati bae, pari iya akèh, njut têkan Cirêbon. Nèng kene mandhêg 5 mênut. Wong sing arêp nyang Sêmarang utawa Pêkalongan padha mudhun. Dêlêngên wong-wonge. Omonge rungokna cah, mèmpêr cara Jawa, ning isih ana cara Sundhane. Hla pacakane, ya wis rada Ndia wani. Wong munggah anyar rada akèh, padha ngalih saka sêpur Bandung. Nèng Cikampèk mau iya ana, wêruh ora kowe mau ? Sêpur mangkat manèh. Hla saiki mlêbu wêwêngkon Jawa- Têngah. Lêmahe katon loh. Tanduran ndhêmênakake. Dêlêngên omah-omahe. Wêruh ora kowe ? payone kuwi, wiwit beda ora kambi omah-omah nèng Jawa Kulon mau ?

[Grafik]

Pari diundhung-undhung nèng Karawang

Têkan Prupuk lèrèn 5 mênit mênèh. Uwonge caturane wis Jawa. Pacakane ya Jawa, ning didêlêng isih durung srêg. Wêruh apa kowe? Bal putih nganggo canthelan. Kuwi gaweane wong desa-desa kono, wong tanduran karèt kono ki akèh. Sapa sing arêp tuku ? Awas lo aja kapusan rêgan mung nglimang sèn. Hara, Byanto Cêpakaputih Bêtawi-C., sida kapusan ; sêkêthip kuwi mau ? Ya wis besuk mênèh sing ngati-ati. Saka Prupuk dalane mayat, arêp ngliwati pagunungan, ngêndi mara ? Pêmbarisan ? Bênêr. Mudhun Pêmbarisan anjog nèng Purwokêrto, nèk cah Purwokêrto nggone ngarani : Praakêtaa.

--- 179 ---

Ngrêti kowe cah gunêmanê? Njut dalane urut pinggir kali Sêrayu, kaline bola-bali katon. Têkan Kroya. Nèng kene sêpure mandhêg sauwèn-uwèn. Wong saka Bandung ngalih sêpur, nunggang eendaagsche. Sêpur mangkat manèh ngliwati Ijo. Hla kuwi cêdhak stasiun kuwi sing jênênge fosfaat. Hoet, pêtêng ; mlêbu trowongan. Mau ya wis mlêbu trowongan, ning dawane ora kaya trowongan iki. Diyan listrik nèng grêbong disumêd. Wah, padhang nèh, mêtu saka trowongan. Dêlêngên dalan gêdhe kuwi. Kuwi dalan Daendelsweg. Wah, dhokar-dhokar le pirang pirang, nganti têkan Kuthoarjo. Sêpure têrus (nèng Kuthoarjo ora lèrèn). Têkan Jokja jam 2.03. Mudhun, têkan kene wae ah. Arêp ndêlêng grêbêgan nèng alun-alun lor ayake ya wis bubar. Mudhun cah. Yo, dha mulih yo, wong mung plêsir batin kok !.

Pak Su.

APA YA ÊNTÈK ?

[Grafik]

Suk-esuk dina Bakda, / Ponakanku Priyana, / Ngadhêp piring anèng meja. //

Piringe thik le gêdhi, / Pa ya bisa êntèk ta, ki, / wêtênge rak ya minthi-minthi. //

Ora ngono kok cah, / Wêtênge jênèh bêdhah, / Ora sida bungah-bungah. //

Gèk ngêntèni kanca, kuwi, / Arêp dijak kênduri, / Le ngulêmi wis wit wingi: //

Wah sêlak panas jare, / Kanca-kanca ki priye, / Mbok aja dha suwe-suwe! //

Ha-êm lêgêndêr kolu, / Wong mung ngicipi, kok Bu, / Ora wis nèk nganti ping têlu. //

NGÊNTÈNI WAYAH BUKA

[Grafik]

Tanggal têlung puluh Pasa, / Mung kari ngêntèni buka. //

Ning wêtêng kok pijêr beka, / Jak-ajak gawe duraka. //

Kodri nyang tlaga mbi Dahlan, / Praon ngambang Ion-alonan. //

Tlagane bêning clong-kinclong, / Kaya pêngilon mêncorong. //

Ndêlêng mêndhuwur ruh gunung, / Langite biru anguwung. //

Sida lali olèhe ngêlih, / Bêdhug dhêng, dhêng, banjur mulih. //

--- 180 ---

Lêbaran, wayangan lakone Mintaraga

Jèjèr ing Kaendran, Bathara Endra diadhêp para dewa, nggunêm bab kaanane ing kayangan. Lagi enak-enak gunêman, katêkan utusane Sang Hyang Guru, yaiku Bathara Narada, awèh wêruh yèn arêp ana mungsuh têka, ratu buta ing nagara Ngimaimantaka, jêjuluk Prabu Niwatakawaca. Bathara Endra dipasrahi, dikon mêthukake mungsuh mau.

We, la ribut, ana dewa jare dikon pêrang. Ning barêng susah atine, njur mêtu akale, jarene arêp njaluk tulung karo uwong sing digdaya. Nanging gèk sapa? Banjur padha anguk-anguk, golèk saka ing Suralaya. Suwe-suwe olèh uwong sing kira-kira digdaya, wonge lagi tapa, wis pirang-pirang dina ora mangan ora ngombe. Gagasane dewa: "Kuwi mêsthi mênang nèk didu karo buta."

Nanging Bathara Endra durung ngandêl. Iya nèk olèhe tapa iku kêpengin digdaya, nèk mung kêpengin munggah swarga, kêpriye? Mula arêp dicoba, sarta iya arêp digodha. Janji awan-awan didhêpi ès sêtrup sagêlas ora apa-apa, nyata pêngpêngan.

Têmênan, Bathara Endra banjur kongkonan widadari pirang-pirang, dikon nggodha. Nanging sing tapa kêncêng. Digodha bola-bali isih têrus bae olèhe tapa. Dadi Bathara Endra njur ngrêti nèk olèhe tapa iku têmênan, ora ethok-ethok, ora mung wêdi karo bapak karo ibu. Banjur gênti arêp dicoba, arêp ditakoni olèhe tapa iku mung kêpengin munggah swarga, apa kêpengin digdaya.

Sing mlaku saiki Bathara Endra dhewe, malih dadi pandhita, aran Bagawan Padya. Têkan ênggone sing tapa, ngala-ala: "O, wong tapa kok ngadhêp panah - Iya, ki, cah, sing tapa iku ora nyandhing pêdupan, kaya lumrahe wong tapa, sing disandhing panah karo gandhewa - pancène rak ora kêna, tapa ngono kuwi?" omonge Bathara Endra.

Sing diaruh-aruhi, - satêmêne iku Janaka, cah - mangsuli: "Mêsthi bae ngadhêp panah, wong aku iki satriya. Satriya mono sing dipengini rak nèk pêrang bisaa mênang. Ora kaya pandhita."

Krungu wangsulan mangkono mau Bathara Endra bungah atine: "E, lah, nyata, kêna dijaluki tulung têmênan wong iki." Banjur bali mênyang kayangan, matur karo Bathara Guru.

Bathara Guru iya mèlu bungah. Janaka banjur diwènèhi panah, jênênge Rodhadhêdhali, minangka ganjarane olèhe tapa. Nanging sawise diwènèhi panah, banjur ditimbali mênyang Suralaya, arêp dijaluki tulung. Sabab Prabu Niwatakawaca wis ngantêp layang, yèn sajrone saminggu dewa-dewa ora padha nungkul, Suralaya arêp dibom, didadèkake karang abang.

Sapa wonge ora dhêg-dhêgan. Mula Janaka iya gêlis-gêlis dikon têka. Janaka iya enggal têka, wong pancèn ndhêmênakake, yèn dijaluki tulung. Têkan Suralaya, têrus dikon nglurug mênyang Ngimaimantaka, dikon matèni prabu Niwatakawaca, nganggo digawani kanca widadari sing ayu dhewe, ya iku Dèwi Supraba. Têkan Ngimaimantaka Dèwi Supraba sing maju dhisik.

We, lah, pêngpêngan ya, cah!

Nanging majune, ora niyat pêrang, jare kêpengin... dadi paranyaine Prabu Niwatakawaca. Prabu Niwatakawaca sak-kal ilang nêsune, malih dadi bungah; wong widadari sing ayu dhewe kok kêpengin dadi paranyaine; sapa wonge sing ora bungah. Mênyang ngêndi-êndi mung mèsam-mèsêm bae, lungguh mèsêm, mlaku mèsêm, apa manèh yèn lagi diadhêpi Dèwi Supraba, têrus mèsêm ora lèrèn-lèrèn.

Sawijining dina, lagi ngadhêp prabu Niwatakawaca, Dèwi Supraba takon: "Sinuhun, sarèhne wontên kula ngriki punika niyat ngladosi ingkang sinuhun, niyat njagi kasugêngan, mila manawi kaparêng kula nyuwun sumêrêp, pangapêsanipun ingkang sinuhun punika wontên ing pundi? Botên sanès, supados sagêd ngatos-atos."

Saya bungah prabu Niwatakawaca ditakoni mangkono mau, banjur kandha: "Aja kuwatir, kowe, Supraba, pangapêsanku ênggone ora adhakan, sabab ana ing têlakku."

Marêm atine Dèwi Supraba dikandhani mangkono, sabab saiki Janaka mêsthi bisa matèni dhèwèke.

Kok têmênan, lagi bae Prabu Niwatakawaca olèhe kandha, kambi cêkakakan ngguyu, panahe Janaka mak sêr, saka burine Supraba, ngênani têlake Prabu Niwatakawaca. Iya mak sêg, ngono bae. Wong jarene sasuwene Dèwi Supraba maranyai ana kraton Ngimaimantaka mau, Janaka ora pisah, tansah ngêtutake bae ana burine Supraba, nanging olèhe ngêtutake kambi ngilang, dadi wong akèh ora wêruh.

Kaya ngapa bungahe Bathara Guru kambi dewa-dewa liyane, barêng diwènèhi wêruh yèn Prabu Niwatakawaca mati dipatèni Janaka.

Wah iya kaya aku kowe nèk pinuju Lêbaran ngene kiyi, grudag-grudug sênêng-sênêng, ngalor-ngidul, tur kathik kambi macak barang.

Yogene grudag-grudug, sênêng-sênêng kambi macak? Ngurmati Janaka, didadèkake ratu ana Suralaya, katrima olèhe bisa matèni ratu buta, jalaran saka anggone tapa ora mandhang ora ngombe sêsasi lawase.

--- 0 ---

[Iklan]

--- 0 ---

[Iklan]

--- 0 ---

Kajawèn

No. 90, 8 November 1940

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm

--- 0 ---

[Iklan]