Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-09, #1669

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1940, #1669
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-01, #1669. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1530.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-02, #1669. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1529.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-03, #1669. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1528.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-04, #1669. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1527.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-08, #1669 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1526.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-09, #1669. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1525.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-10, #1669 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1524.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-11, #1669. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1523.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-12, #1669. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1522.

Ôngka 74, Ju Pa, 11 Ruwah, Dal 1871, 13 Sèptèmbêr 1940, Taun XV.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Slasa lan Jumuwah

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Saribasa - Bêksa Rênggawati - Jagading Wanita - Rabukipun Basa Jawi - Dhagêlan Tumut Biyantu Oranyê - Bêbaya Ngawang-awang - Kabar Warni-warni - Waosan - Taman Bocah.

Saribasa.

Kamisuwuran.

Kang marai misuwur iku ora marga ora tau ambruk, ananging marga kêrêp tangi, yèn pinuju ambruk.

Sing sapa êmoh misuwur, malah bisa olèh kamisuwuran kang sajati.

Kamisuwuran iku padhane kêmbang kang uwis mêgar. Samôngsa nganti alum, ora bisa bali mêgar manèh.

Dalane mênyang kamisuwuran, ora ana kang sinêbaran ing kêmbang.

Prakara ênggone misuwur, ora prêlu dirasakake. Sing prêlu dirasakake, yaiku: apa uwis pantês olèh kamisuwuran mau.

Tumraping wong kang luhur budine, kamisuwuran iku mung kadadeaning lêlakon, dudu tujuane.

Kamisuwuran iku racun upamane. Yèn mung sathithik, ora dadi ngapa. Ananging yèn nganti kêladuk, bisa aniwasi.

Yèn mumung. arêp golèk misuwur, gampang bae. Anggêr kêrêp nywara sarta kêrêp nulis ana ing golongane wong cubluk, mêsthi enggal misuwur.

--- 1028 ---

Bêksa Rênggawati.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 69.

Saha ngantos kêlimrah ingkang dipun wastani sêrat waosan, punika namung golonganing sêrat ingkang mawi sêkar macapat. Mila kathah para putri kina, dumugi sapunika taksih katingal tabêtipun, sami baut manawi ulah sêkar sêndhon, saha damêl dongèng-dongèng kangge nglêlipur lare-lare utawi kangge sambèn rêngêng-rêngêng yèn pinuju nyêrat ambathik. Dene dongèng sarta sêkar wau katingal anggènipun mêndhêt saking sêrat, awit ingkang kapirêng adhakanipun candraning para putri, Dèwi Sumbadra, Srikandhi lan sanèsipun. Yèn dongèng inggih Radèn Panji, Prabu Anglingdarma, Damarwulan. Mirid saking kawontênan makatên wau, tumrap para putri sêrat waosan wau sampun murakabi, sampun sagêd kangge ngirib-irib ulah dhatêng kasusastran. Jalaran kawontênan dèrèng kados jaman sapunika.

Wangsul ing ngajêng bêksa rênggawati wau angsal pamanahan agêng (pêngaruh), awit lêlangên lan dongèngipun sagêd nyambêt ing raos. Utawi malihing bêksa ngriku wontên pasindhenan sêkar Sinom kalih pada, nocogi dhatêng wulanging para putri, ingkang taksih kêrêp magêpokan utawi sêsambêtan putri karaton. Ungêl-ungêlan sêkar wau kathah ingkang sami apal, makatên têmbungipun:

Midêra nglaya buwana / ngupaya mêsthi tan panggih / lir putri Bojanagara / kang dadya sêkaring bumi / tuhu kesu ywawening / pasmon kontap kanduk bêsus / wimbuh lamun ngandika / winoring èsêm mranani / ting galêbyar soroting waja lir kilat //

Mumpuni kasusilannya / aputus saliring kardi / tur rampung sandining sastra / sêsminta lungiting kawi / wus kêna ingupami / risang murtining rum-arum / dewaning ngendah-endah / mêmanon langêning bumi / pantês wegya kagoyang kosmaning priya.

Bêksa rênggawati punika salugunipun sanès panggêlaring raos asmara dhatêng èstri lan priya, nanging kagêlar raos asmara endah. Têgêsipun ngagêsang pantês angudi kaendahan, punika sampun têtêp wontên raosing manungsa. Manawi raos ngagêsang sampun sêpi dhatêng raos kaendahan, lajêng kawastanan ngalokro, dados lajêng kuciwa gêsangipun, sarta botên wontên ihtiyaripun.

Admasêdana.

[Iklan]

--- 1029-1032 ---

[Halaman hilang]

--- [1033] ---

DHAGÊLAN TUMUT MBIYANTU ORANYÊ

[Grafik]

Bangsa Walandi wiwit kina mila botên purun dados baturipun bangsa sanès. Samangke bangsa Walandi dipun iyik-iyik kalihan Hitler sakrandhahipun, nanging "sêmangat Walandi'' taksih têtêp gêsang, taksih têrus polah badhe ngipatakên cêngkêrêmanipun Jerman. Botên namung têtiyang Walandi ingkang monjo-monjo sêsêrêpanipun, dalasan dhagêlan tonil pisan, tumut mbiyantu ngluwari nagarinipun.

Ing nagari Walandi wontên dhagêlan misuwur, namanipun Buziau. Enggal mangke, miturut andharanipun B.B.C., Buziau tumut nggigah manahing bangsanipun. Mêdali wontên ing tonil, ngangge topi cara militèr Jerman. Topinipun pèt mawi sêratan 6 ¼, botên trêp kalihan sirahipun, ngantos nutupi mripat. Tiyang ingkang sami ningali sami mangrêtos kajêngipun angka 6 ¼ wau, inggih punika Zes Een Kwart (Seyss-Inquart, tiyang Jerman ingkang kadadosakên gupêrnur wontên nagari Walandi). Buziau wicantên: "Aku pancèn kêtlakup topi kiye. Ananging, arêpa kêpriye-kêprie kok iya mêksa ora jodho.'' Sasampunipun wicantên makatên, pèt dipun bucal, kakipatakên têbih, lajêng mêndhêt topi Oranyê, kaangge, wicantênipun: "Lah rak iki sing jan mathis tênan''.

Têtiyang ingkang ningali têmtunipun sami gumujêng sarta kagigah manahipun. Ananging, kawuningana, botên gantalan dintên Buziau lajêng dipun cêngkêrêm Gestapo!

Lêlampahanipun Buziau punika, ambakna katingalipun ''sêmbranan'', ananging kalêbêt sêmbrana ingkang mawi lambaran kaprawiran, mawi tujuan luhur, botên ajrih sangsara, sok ugi nagarinipun sagêd luwar saking tanganing mêngsah! Makatên sêmangatipun tiyang ingkang botên purun dados baturipun Hitler!

__________

wa isih rêkasa bangêt kanggo nglairake prakara-prakara kang mung awujud pangrêti. Cêkak aos - sanajana ana ahli basa sèkêt èwu, nèk uwong Jawa durudurung. sugih pangrêti, basane iya durung maju.

Petruk : Pancèn bênêr, Kang Garèng. Ananging, saya akèhe ahli basa Jawa, kuwi mêksa nyumbang rabuk marang basa Jawa, sabab banjur akèh sing ngrêmbug, nyinau, ngolak-alik, lan anggolèki wêwaton-wêwatone basa Jawa, têmahane bisa nyumurupi wêwaton-wêwaton sing gumathok, kêna kanggo ancêr-ancêr nata basa Jawa.

Garèng : Iya, Truk, mupakat. Mung bae, sing prêlu tak rêmbug saiki mung bab rabuke basa Jawa saiki iki.

--- [1034] ---

Manca Warni

[Grafik]

Griya gêdhong gambar sorot "Lux'', ing Sêmarang. Yêyasanipun modhèrên!

[Grafik]

K.R.A.A. Hadinoto, ingkang bupati ing Kudus sakalihan garwa. Benjing tg. 12 Oct. ngajêng punika badhe ngawontênakên pèngêtan 35 taun anggèning ngastadamêl.

[Grafik]

Nalika wiyosipun Prinses Irine, ing Mênado kawontênakên arak-arakan. Inginggil punika grombolan tiyang Jawi ing Mênado.

[Grafik]

Ing Têbing Tinggi mêntas wontên lurungan ulah raga. tw. Ten Se sagêd mêncolot 6.20 m.

--- 1035 ---

BÊBAYA NGAWANG-AWANG.

(Sambêtipun K. No. 69-70).

Ingkang pating plêmbung wau lajêng mêcah, santun dados tatu. Yèn katututan jampi, salêbêtipun 6-8 minggu sagêd mantun.

Yèn anggènipun kêcipratan sakêdhik, ing panggenan ingkang kacipratan namung mlêmbung. Sakubêngipun ingkang mlêmbung wau abuh tur abrit (gambar no 4).

Yèn namung sakêdhik sangêt, kêtingalipun namung sulak abrit lan sami thèthèl kulitipun.

Têdha ingkang kenging mosterdgas punika manawi klêbêt ing badan murugakên risak dhatêng isining padharan, murugakên: sakit padharan, luntak, manawi mbêbucal kaworan êrah.

Mripat ingkang kenging mosterdgas inggih risak, inggih mosterdgas ingkang rupi punapa kemawon. Ing sakawit "kados klilipên wêdhi'', botên dangu aboh lan mêdal nanahipun, wusana sagêd wuta.

Mosterdgas yèn kenging ing kèlèk mlêbêtipun ing kulit lêbêt.

Mosterdgas punika asring kangge ngalang-alangi, sampun ngantos wontên tiyang ngambah panggenan ingkang karisak mawi bom blêdhosan, sanajan namung sawatawis dangunipun. Yèn badhe langkung ing panggenan ingkang wontên mosterdgasipun punika sagêdipun namung yèn ngangge topèng gas, miwah mangangge sarwa karèt, sêpatu (laars) karèt, sarungan tangan inggih karèt (gambar No. 20).

Manggèn ing griya cêlak panggenan ingkang wontên mosterdgasipun punika mutawatosi. Awit gas wau sagêd katut angin.

Ngrisak tandhon têdha.

Tiyang-tiyang inggih kêdah jagi-jagi, mosterdgas wau inggih sok kangge mêjahi tiyang limrah, kados ta: sawatawis panggenan pantun ingkang taksih wontên ing sabin dipun sêmproti mosterdgas; motor mabur nalika nyêmprotakên punika ibêripun dipun andhapakên. Ngênèni pantun ingkang kasêmprotan gas punika mutawatosi, pantunipun dipun têdha inggih botên kenging.

Kajawi saking punika tiyang-tiyang yèn mirêng pantunipun dipun sêmproti mosterdgas, têmtunipun inggih lajêng gadhah kuwatos: jalaran têmtu botên sagêd mastani pundi ingkang kenging katêdha pundi ingkang botên.

Mila tiyang ingkang kathah sêsrawunganipun kalihan rayat, prêlu mangrêtasa tandha-tandhanipun wontên mosterdgas, lan kadospundi wontênipun. Awit pangrêtosan punika sagêd nyingkirakên bêbaya (gambar no. 6).

Gas pêrang sanèsipun.

Gas sanès golongan taksih wontên: upaminipun gas ngêdalakên êluh (ingkang asring dipun angge dhatêng Dinês panjagèn ngawang-awang kangge nyobi topèng gas), lan gas murugakên wahing, nanging gas kalih-kalihipun wau ingriki botên patosa prêlu karêmbag.

[Grafik]

Gambar 20

Manawi wontên granat utawi bom mblêdhos punika inggih lajêng wontên gas sumêbar. Gas wau inggih mutawatosi (upaminipun: koomonoxxyde utawi kolendamp).

Nyênjata tiyang kathah ingkang sami pados pangungsèn.

Motor mabur gagrag enggal punika inggih mawi sênjata mêsin punapa, asring kangge nyênjatani tiyang-tiyang ingkang sami sumingkir saking kitha, pados pangungsèn.

Nêmpuh tiyang limrah (sanès bangsa militèr) mawi lampah makatên punika sampun asring katindakakên.

IIII. Kadospundi caranipun satunggal-satunggaling tiyang yèn badhe njagi badanipun piyambak, batih utawi tiyang sanès supados kalis saking bêbaya ngawang-awang.

(Wontên lajêngipun).

--- 1036 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès

TANAH NGRIKI.

Wulangan dados Radio-telegrafist tumrap militèr gêgana. Departement van Oorlog badhe ngawontênakên pangajaran tumrap bangsa Eropa tuwin sanès bangsa Eropa dados saradhadhu genie klas 2 babagan radio-telegrafist militèr gêgana.

Ingkang katampèn ingriku apêsipun kêdah:

a. anggadhahi kasagêdan suka sein utawi sounder 16 têmbung ing dalêm samênit mawi code sarta mawi basa Walandi.

b. nyêkapi wicantên tuwin nyêrat ing basa Walandi; (langkung prayogi ingkang wêdalan pamulangan têngahan).

c. umur-umuranipun botên kirang 18 taun tuwin botên langkung 25 taun.

d. tumrap bangsa Eropa, inggilipun apês 1.65 m tuwin tumrap ingkang sanès bangsa Eropa inggilipun apês 1.60 m.

Sintên ingkang badhe malêbêt, ngaturna sêrat paturan dhatêng Inspecteur der Genie ing Bandung, akhir-akhiripun ing sadèrèngipun wêkasaning wulan Sèptèmbêr, kanthi mratelakakna nama tuwin namanipun alit, umur, adrès, pamulagan ingkang sampun dipun lêbêti, sampun rabi punapa dèrèng, cacahing anak saha kanthi masrahna diploma-diploma nyatanipun punapadene pratelaning angka-angkanipun, makatên ugi manawi wontên inggih amratelakna langkung cêtha ing bab panggulawênthah, padamêlan tuwin sanès-sanèsipun. (Tumrap bangsa Eropa, kajawi sadaya wau ugi. Mratelakna punapa sampun kacathêt utawi sampun malêbêt (ingelifd) tumrap dienstplichtige, inggih punika punapa sampun anglampahi gladhèn kawitan, ing bab punika kanthi amasrahna militiezakboekje).

De Inspecteur der Genie

G.J.F. Status Muller.

Balon ingkang dipun angge ing Weerdienst. Minangka paniti kawontênaning hawa ing gêgana, Koninklijke Magnetisch en Meteorologisch Observatorium ing sabên dintên ngumbulakên loods-ballon ing 15 panggenan. Inggih punika ing Medan, Pakanbaru, Palembang, Bêtawi, Andir, Sêmarang, Surabaya, Dèn Pasar, Bima, Kupang, Banjarmasin, Balikpapan, Tarakan, Makasar tuwin Mênadho, tuwin botên dangu ugi badhe ngawontênakên ing Namlea tuwin Klathèn.

Tumrap kawan panggenan, inggih punika ing Surabaya, Bêtawi, Kupang tuwin kala-kala ing Sêmarang, umbuling balon wau dipun dèkèki dilah, supados sagêd katingal ing wanci ingkang taksih pêtêng.

Dilah balon wau mawi zakbatterij; minangka pangrêksa murih botên wontên bêbaya samangsa batterij wau dhawah, mawi dipun gantungi suwekan kadosdene kacu ingkang awujud parachute (payung).

Balon tuwin parachute wau mawi ciri ungêl-ungêlan: K.M.M. Observatorium. Ingriku tiyang lajêng gampil anggènipun nyumêrêpi aslinipun.

Ura-uru ing Banka. Miturut wartos Aneta, ing Banka mêntas wontên ura-uru ingkang tuwuh saking bangsa Tionghwa kuli cantract timah, pasulayan kalihan sudagar Pribumi ing pêkên Muntok. Bangsa Tionghwa wau lajêng andhatêngakên kanca-kancanipun ngantos atusan, nanging lajêng dipun pênggak ing controleur kanthi veldpolitie. Ing sakawit bangsa Tionghwa wau sami botên miturut, lajêng dipun uluk-uluki sanjata, salajêngipun wontên ingkang dipun sanjata dumugi ing tiwas. Controleur tuwin litnan Tionghwa ingriku lajêng nindakakên papriksan dhatêng papan pambêsmèn arêng, nyêpêng tiyang 33.

Ing sapunika warga Raad Kawula tuwan H.H. Kan ngaturakên pitakenan dhatêng Parentah, supados Parentah ngawontênakên panitipriksa saha lajêng dipun umumakên ing Raad Kawula.

Residhèn enggal. Wontên wartos, Mr. J.F.A. van Bruggen, asistèn-residhèn ing Surakarta, jumênêng residhèn ing Sêmarang. Mr. Ch. H.W. Abbenhuis, asistèn-residhèn ing Ngayogya, jumênêng residhèn ing Bêtawi.

Tiwas jalaran nêdha tempe bongkrèk. Miturut wartos Aneta ing bawah Banyumas wontên tiyang 27 sami tiwas jalaran mêntas nêdha tempe bongkrèk. Ing sasampunipun wontên lêlampahan makatên, lurah dhusun ing Kêjawar lajêng numbasi tempe ingkang pinanggih wontên ing bawahipun, lajêng dipun risak. Ing pangintên ingkang anjalari tiwas punika saking kenging racuning bongkrèk, bangsaning jamur, limrahipun kathah ingkang migunakakên ing kalaning awis têdha. Utawi jalaran saking kirang mangrêtos pangolahipun. Instituut voor Volksvoeding ing Bêtawi lajêng nindakakên panitipriksa.

Kaukum jalaran nggiyarakên wartos dora. Landgerecht ing Mojokêrto mêntas ngrampungi prakawisipun dakwa bangsa Walandi asli saking Malang, jalaran nglairakên pitêmbungan dhatêng satunggiling nyonyah ingkang tumbas barang daganganipun, mungêl: "Bokmanawi sanès dintên panjênêngan ambayar ngangge arta lire (arta Italie)''. Salajêngipun sinambêtan ginêm babagan paprangan. Karampunganipun, dakwa kaukum kunjara kalih minggu. Namung sarèhning nuju gadhah wajib landstrom, lajêng kalapurakên dhatêng pangagêng militèr ing Malang.

Wadya lautan andhungan katêtêpakên. Kawrat pawartos praja, para wadya lautan andhungan ingkang kalêbêt ing golongan taun 1937, sami katêtêpakên ing dienst. Dene tumrap ingkang dèrèng tampi timbalan inggih lajêng badhe katimbalan.

Paargyan lêbaran ing Sêmarang. Kados ingkang sampun tumindak ing sabên taun, ing Sêmarang sampun andhapuk adêging golongan ingkang badhe ngawontênakên paargyan lêbaran tuwin ambêbingah lare. Ingkang dados pangarsa Dr. Moenandar.

Pakêmpalan tilas murid pamulangan dagang têngahan. Pakêmpalan M.H.S. Bond ing Bêtawi, mêntas ngawontênakên pêpanggihan ingkang kapisan, kajawi warga ing Bêtawi ugi dipun dhatêngi warga saking Bandung. Miturut pèngêtan, wiwit adêging pakêmpalan, dumuginipun sapunika, warganipun sampun tikêl tiga. Ancasing pakêmpalan punika badhe ngajêngakên ing bab babagan ekonomi, sosial tuwin giyaking para warga. Saha sarèhning pakêmpalan punika saya majêng, badhe kawontênakên hoofdbestuur tuwin ngawontênakên pang-pang. Minangka kawigatosaning para warga, badhe kawontênakên kursus warni-warni saha ngangkah badhe ngawontênakên M.H.S. Bank. Pêrlu kangge nyèlèngi minangka pawitan panggaotan.

Putradalêm Nata Surakarta ingkang wontên Nagari Walandi Soegêng. Miturut wartos ingkang dumugi ing Surakarta, B.K.P.H. Notokoesoemo tuwin B.R.M. Soeranto sami putradalêm Soewarga Sampeyandalêm Ingkang Wicaksana ingkang sami wontên ing Nagari Walandi, sami sugêng.

Comite ngluhurakên praja Surakarta. Wontên wartos, bilih ing Surakarta wontên adêgan comite ingkang akajêng ngluhurakên praja Surakarta. Ingkang dados pangarsa R.M. Hamongsapoetro, warga Raad Kawula tuwin warga Bale Agung, panitra R.Ng. Sastromiroedo tuwin warga Tuwan H. Soetadi.

Pamulangan luhur pangadilan. Lulus candidaatsexamen perangan kapisan, Tuwan Soegondo tuwin Tuwan Basaroedin. Lulus candidaatsexamen perangan kalih, M. Hardi tuwin R. Soehardi Sastrosoejoso.

RINGKÊSAN PAWARTOS SAJAWINING PRAJA.

Rêbo 11 Sèptèmbêr.

Wontên sanginggilipun Jerman (Reuter, Londen). Kalangan panguwaos nêrangakên, yèn wadya R.A.F. wingi dalu têrus nglajêngakên anggènipun nêmpuh lesan-lesan militèr ing Jerman, kalêbêt ugi ing Bèrlin, sanajana hawanipun kirang sae.

Katêranganipun Jerman (Reuter, Londen). Radio Jerman nyariyosakên, bilih wadya gêgana Inggris kalawingi dalu nganglang wontên ing laladan Jerman Lèr, ndhawahakên bom wontên ing kitha Bèrlin sisih lèr. Kirang langkung wanci têngah dalu mlangkah ing Wesermunde cakêt Bremerhaven, namung lajêng kausir dhatêng mriyêm-mriyêm Jerman.

--- [1055] ---

Ôngka 76, Ju Wa, 18 Ruwah, Dal 1871, 20 Sèptèmbêr 1940, Taun XV.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Slasa lan Jumuwah

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

ISINIPUN: Sari Basa - Pêpêrangan ing Nederland - Utusan Jêpang nalika dumugi ing Tanjung Priuk - Jagading Wanita - Rabukipun Basa Jawi - Bêbaya Ngawang-awang - Kabar Warni-warni - Waosan - Taman Bocah.

Sari Basa.

Pitulungan.

Akèh wong kang bakal mitulungi, yèn kowè gêlêm mitulungi awakmu dhewe.

Kang aran gawe bêcik marang uwong liya, yaiku gêlêm mitulungi supaya kang ditulungi mau gêlêm mitulungi awake dhewe.

Umuming akèh, luwih sênêng mitulungi wong kang ora butuh pitulungan, tinimbang karo mitulungi kang pancèn butuh.

Tinimbang ngêntèni pitulungane wong liya, luwih prayoga enggal-enggal mitulungi awake dhewe.

Yèn tangan têngên gêlêm ngrêsiki kang kiwa, sarta kang kiwa iya gênti gêlêm ngrêsiki kang têngên, tangan sakarone rêsik kabèh.

Pitulungan sagêgêm, ajine luwih gêdhe tinimbang karo awèh pitutur lan urun sêsambat pirang-pirang grobag.

Pancèn anèh, nanging kêrêp kêlakon: wong kang mitulungi luwih mêmpêng sarta gumrêngsêng tinimbang karo kang ditulungi.

Pitulungan saka ing jaba kang akèh-akèh mung marahi ringkih. Yèn pitulungan saka ing jêro (saka ati lan krêkate dhewe) ajêgan marahi sêntosa.

--- [1056] ---

PAPÊRANGAN ING NEDERLAND.

(Sambêtipun K. No. 75).

Prajurit ingkang dèrèng dipun lêlantih, sarta ingkang sawêg kêtêmbèn anggènipun namakakên mimis landhêp, punika anggènipun mangsah pêrang kanthi gumrêngsêng saèstu. Pangagêng wadyabala Jerman, kados ingkang kasêbut ing dalêm katêranganing prentahipun, sangêt anggènipun ngilani prajurit murgan wau, dipun ungêlakên prajurit tanpa têgês sarta botên mawi tatanan, jêbul agêng sangêt anggènipun damêl karisakanipun prajurit payungan, sarta dados sabab ingkang nomêr satunggal ingkang njalari jugaripun Jerman anggènipun badhe ngrêbat kitha lênggahing Pamarentah Walandi. Punika dados bukti, bilih prajurit Walandi pancèn sagêd pêrang kalayan sae. Sarta inggih dados pasêksèn, saupami para neneman Walandi waunipun angsal pagladhèn kaprajuritan sampurna, kawontênaning papêrangan mêsthi inggih beda sangêt kalihan nalika punika.

Wondene rêkaosipun prajurit Walandi ingkang nanggulangi prajurit Jerman wontên ing salêbêting nagari, kenging kacêthakakên sarana tuladha sawatawis.

Ing sadèrèngipun, prêlu dipun èngêti, bilih prajurit Walandi punika bakunipun sami dipun gladhi sarta dipun sangkêpi dêdamêl kangge nanggulang mêngsah, kados ta wontên ing polderland (pasitèn sat-satan).

Rèhning panêmpuhipun Jerman mêdal ing awang-awang, prajurit Walandi lajêng kapêksa mangsah majêng, nêmpuh ing laladan polder ingkang sakalangkung angèl ambah-ambahanipun. Ing suwau ingkang kajagèkakên nêmpuh ingriku punika mêngsah. Sanajan kêpêksa tumindak makatên, ewasamantên wadyabala Walandi inggih nindakakên sêsanggêmanipun, tur sagêd angsal damêl saèstu.

Sapunika contonipun:

Prajurit Jerman kathah ingkang sami mawi sandhangan prajurit Walandi; sawênèh wontên ingkang mindha-mindha prajurit Inggris utawi Prancis; wontên ingkang nyandhang kados tiyang limrah, palayangan, kondhèktur tram, malah inggih wontên ingkang nylamur cara tiyang èstri punapa. Criyosipun, prajurit Jerman ingkang kaandhapakên saking motor mabur punika malah inggih wontên tiyangipun tilas rencang, sami kaandhapakên wontên sacêlaking papan pandamêlanipun rumiyin, lajêng mbêkta kranjang têtêdhan isi gurnat, têdah margi dhatêng prajurit-prajurit payungan.

Gêlaring pêrangipun wadyabala Jerman ingkang nêrak tata ngadating papêrangan wau, njalari kacilakan sawatawis. Ingkang sampun têrang, upaminipun makatên. Wontên golongan prajurit Jerman kirang langkung 100, mangangge cara prajurit Walandi, dhêdhêmitan nggrubyug wontên ing sawingkingipun prajurit Walandi sabataliyun ingkang sawêg majêng wontên ing wêwêngkon parêdèn wêdhi. Dumugi ing mangsanipun, dumadakan lajêng ngêdrèl saking ing wingking. Sadèrèngipun sagêd katumpês sadaya, adamêl pêpêjah kathah dhatêng balatiyun Walandi wau. Wontên malih ingkang martosakên, prajurit payungan wau sami pados aling-aling tiyang èstri utawi inggih wontên gêgolonganing prajurit payungan sawatawis sami nggiring lare-lare ingkang sawêg sami dolanan wontên ing Jawi, prêlu kangge aling-aling. Nederland nama katukup utawi kalimpe. Têtiyang Walandi botên sami cêcawis manawi badhe wontên panêmpuh kados makatên punika. Pêrlop-pêrlopipun para militèr sampun kêrêp dipun cêlêd. Dados umuming ngakathah sami ngintên, bilih ributipun Nederland babagan prajurit punika, inggih tumuntên silir malih kados ingkang sampun-sampun. Anggènipun sami gadhah pangintên wau, namung awit saking sami pitados dhatêng kasagahanipun Hitler. Wah, gèk kados punapa kemawon gograging manahipun têtiyang Walandi, sarêng mangrêtos yèn anggènipun sami pitados lair batos wau jêbul sulaya kalihan nyatanipun.

Têtiyang Jerman, langkung-langkung para panuntunipun, kêrêp ngongas-ongasakên, yèn prajurit Jerman punika sami ngrêtos ing wirang yèn Jerman punika mêsthi tuhu dhatêng ginêmipun, dhawahipun, têtêmbungan kados makatên punika namung jinising têmbung lalawora kemawon.

Wondene bab lêlajênganipun kawontênaning papêrangan, wontên ingkang prêlu kacariyosakên, inggih punika, nitik sêrat-sêratipun senapati Jerman ingkang nggêbag Den Haag, pinanggih têrang, bilih prajurit wau dipun parentahi ing dintên ingkang kawitan punika ugi kapurih ngêjègi kitha. Ananging, sarêng sampun têrang, yèn panangkisipun prajurit Walandi ing pusêring nagari langkung kiyat tinimbang pangintunipun pangagêng militèr Jerman, mila lajêng tumuntên ndhatêngakên bêbantu malih. Bakda têngange Jerman ngandhapakên prajurit payungan malih wontên ing sakubênging kitha krajan, tumuntên dipun wiwiti ngandhapakên montor mabur momotan prajurit wontên ing pasisir sakidulipun Katwijk cakêt. Kalêrêsan ing nalika punika baita pêrang Hr. Ms. "Van Galen'' langkung. Punika lajêng dipun dhatêngakên wontên ing Rotterdam. Montor-montor mabur ingkang sampun ndharat tumuntên dipun krutug mriyêm, tumpês. Dados bêbaya ingkang ngancam Den Haag saking ing sisih lèr têtêp kalêbur saoyod-oyodipun pisan. Wadyabala Walandi (eerste Legerkorps) ingkang kadhatêngakên mawi tram montor ingriku tumuntên tumandang malih nyirnakakên mêngsah-mêngsah ingkang mêntas kadhatêngakên wau.

Mila dumugining wanci sontên, kenging kawastanan yèn panêmpuhing mêngsah dhatêng Den Haag sagêd kaundurakên.

Prajurit payungan ing sakiwa têngênipun Den Haag ingkang sagêd oncat saking pêjah utawi tawanan, dalunipun inggih punika tg. 10 ngrintênakên tg. 11, tuwin enjingipun, dipun wêwahi bêbantu malih. Tandangipun prajurit Jerman ing dintên punika mawi dipun pitulungi [pitu...]

--- [1057] ---

[...lungi] agêng-agêngan dhatêng prajurit canguk (5de Colonne). Punika sami wiwit tumandang wontên ing kitha, anamung mêksa botên sagêd ngribêdi pangoyakipun prajurit Walandi dhatêng prajurit payungan Jerman. Tandangipun prajurit canguk (5de Colonne) wau sagêd kapêpês, margi nalika punika ugi prajurit Walandi tuwin pulisi lajêng têrus tumandang, ngantos dados pancakara rame wontên ing margi-margi. Dene anggènipun nandangi, bakunipun mawi montor waja tuwin mriyêm. Ewasamantên, ing panggenan-panggenan salêbêting kitha, taksih botên kêndhat-kêndhat swaraning sênjata ingkang sami dipun lêpasakên sakajêng-kajêngipun, namung prêlu kangge damêl kisruh, sanajana sajatosipun kitha ngriku sampun lêpat saking ing bêbaya dipun jègi mêngsah.

[Iklan]

Papêrangan ing Rotterdam.

Kawontênaning papêrangan ing Rotterdam kirang nyênêngakên. Prajurit Walandi, kanthi pitulunganing prajurit lautan, Hr. Ms. "Z. 5'' tuwin "T.M.B. 51'', sawatawis dangunipun sagêd ngrêbad Maas-bruggen, ananging, sarêng prajurit Jerman ingkang kaandhapakên mawi montor mabur tuwin prajurit ingkang kaandhapakên wontên ing Waalhaven kathah sangêt, sarta sampun sagêd nêmpuh, papan-papan ingkang sampun dipun broki prajurit Walandi wau, kêpêksa lajêng dipun culakên malih. Nalika punika ingkang prêlu piyambak kêdah lajêng sagêd ngrisak pakèndêlan montor mabur ing Waalhaven. Mila Hr. Ms. "Van Galen'' tumuntên dipun dhatêngakên saking ing Den Helder. Hr. Ms. "Johan Maurits van Nassau'' bidhal saking Vlissingen dhatêng Hoek van Holland, inggih badhe ngrêmuk pakèndêlan wau. Anjawi punika, inggih ngrêsaya dhatêng Wadyagêgana Inggris kapurih ngêbomi Waalhaven. Wanci dalu kala tg. 10 ngrintênakên tg. 11, tg. 11 ngrintênakên tg. 12, tuwin tg. 12 ngrintênakên tg. 13, Waalhaven terus dipun bomi.

Nalika dintên ingkang kawitan, wadyabala Walandi (eerste Legerkorps) botên sagêd ndhatêngakên mriyêm-mriyêm wontên ing Rotterdam, margi sawêg sami tumandang wontên ing sakiwa têngênipun Den Haag. Mila Hr. Ms. "Van Galen'' inggih kêpêksa tumandang piyambak ngêtog katiyasan. Baita wau wontên ing palabuhan Rotterdam dipun bendrongi saking ing pundi-pundi, sarta inggih têrus dados lesanipun montor mabur pambucal bom. Sasampunipun sagêd nangkis panêmpuhipun montor mabur sirukan kaping 31, baita wau kêtaman bom, kèrêm wontên ing Merwerdehaven, tumuntên dipun tilar. Ingkang nêmahi tiwas 1, ical 1, kêtaton 3. Prajurit bêbaunipun Van Galen ingkang taksih sami wilujêng, tumuntên nggêbyur ing papêrangan Rotterdam, botên namung nglawan mêngsah agêng ingkang wontên ing Sabrang Kidul, nanging inggih kêpêksa kêdah nglawan têtiyang Jerman ing Rotterdam tuwin lêlêthêking jagat tiyang cidra ingkang sami tumandang wontên ing lasèripun lèpèn Maas.

(Wontên lajêngipun).

--- [1058] ---

Utusan Jepang nalika dumugi ing Tanjung Priuk.

[Grafik]

Kiwa: Nalika kabagèkakên mawi musik ngungêlakên lagu "Kimigayo'' (lagu kabangsan Jêpang).

[Grafik]

Ngandhap: Ministêr Kobayashi kabagèkakên Baron van Till, ajudanipun I.W.K.T.B. Gupêrnur Jendral.

[Grafik]

Têngên: Ministêr Kobayashi wawan rêmbag kalihan Tw. O. Saito, kongsul jendral Jêpang ing Bêtawi.

[Grafik]

Inginggil: Mandhap saking kapal. Ingajêng Ministêr Kobayashi. Ing wingking P.t. van Mook, Dir. Dep. E.Z.

[Grafik]

Têngên: Ministêr Kobayashi mriksa prajurit kahurmatan.

--- 1059 ---

Jagading Wanita

Dayaning babu dhatêng momonganipun.

Tiyang gêgriya ingkang kacêkapan, limrahipun sami ngingah rencang, kapurih mitulungi padamêlanipun, rencang jalêr nindakakên padamêlan ingkang kasar-kasar, dene rencang èstri nyambutdamêl ing pawon utawi momong. Malah ingkang langkung cêkap gêsangipun rencang èstri botên namung satunggal, prêlunipun supados padamêlanipun sagêd maligi. Ingkang olah-olah piyambak, ingkang momong inggih piyambak. Rencang èstri ingkang momong asring kacêluk babu.

Manawi anggènipun ngingah babu punika murih sudaning padamêlanipun para ibu, punika pancèn pinanggih nalar lan salêrêsipun. Amargi manawi tanpa rencang padamêlan ing griya botên badhe tumata, saking kathahipun. Nanging manawi sadaya dipun pitadosakên dhatêng rencang punika botên lêrês, langkung-langkung prakawis lare, agêng sangêt kapitunanipun, manawi namung kapasrahakên dhatêng babu.

Limrahipun babu punika sae sangêt dhatêng momonganipun. Upaminipun manawi momonganipun tansah nangis kemawon, ribut anggènipun ngênêng-ênêngi, punapa dipun sêkarakên, punapa dipun têdahi barang, lan sanès-sanèsipun malih. Manawi mêksa taksih nangis kemawon, anggènipun ngênêng-ênêngi namung sakêcandhakipun kemawon, waton sagêd kèndêl. Upami dipun ajrih-ajrihi, utawi dipun jajakakên jajanan ing margi, ngangge artanipun babu piyambak. Lare dipun tumbasakên ès, utawi pisang gorèng ingkang sampun wayu, kalih dintên botên pajêng. Utawi têtêdhan sanèsipun ingkang pancènipun kêdah dipun sirik. Kawusananipun, lare ing wanci sontên watuk, badanipun bêntèr lan sapanunggilanipun malih.

Para ibu ing jaman sapunika limrahipun asring sangêt nilar griya, para putranipun dipun pasrahakên dhatêng babu kemawon. Kulina dhatêng babu tinimbang dhatêng ibunipun piyambak. Sampun mêsthi kemawon ingkang makatên punika kathah kirang saenipun. Sapisan babu sagêd tumindak sapurun-purunipun dhatêng putra, kaping kalihipun sagêd anjalari bibrahing (risaking) kêbatosanipun putra, amargi saking pamardinipun babu ingkang botên ngambah margining panggulawênthah. Pamardi utawi pamomongipun babu dhatêng putra wau têmên-têmên, botên pisan nêdya damêl risaking kawontênaning putra. Sampun têmtu sadaya tindakipun dhatêng putra manut ukuranipun babu piyambak, botên sami kalihan ukuraning bêndaranipun. Babu mastani sae, lêrês, dèrèng mêsthi makatên yêktosipun. Ingkang punika sanajan ibunipun kapêksa asring nilar griya, prayogi [prayo...]

--- [1060] ---

[...gi] putra sampun dipun tegakakên sangêt kapasrahakên dhatêng babu. Babu punika namung rencang lugu, dene ingkang baku ingkang kagungan putra piyambak.

Ingkang kagungan putra têmtunipun kagungan idham-idhaman ing têmbe putranipun supados dadosa manungsa ingkang ... makatên, utawi makatên. Idham-idhaman wau, tamtu kinanthenan lampah ingkang sampun sinêngkêr (sinêlir). Gèk kadospundi dadosipun manawi lampah punika botên dipun tindakakên, malah kadadosan punapa ingkang dipun tindakakên dening babu kosokwangsul kalihan ingkang dipun kajêngakên. Punapa idham-idhamanipun sagêd kadumugèn.

Mila tumrap ibu prêlu sangêt:

1. sabên-sabên nitipriksa kadospundi pamomongipun babu dhatêng putranipun. Ingkang klintu kêdah enggal dipun lêrêsakên.

2. sagêda milih babu ingkang ambangun miturut. Pamrihipun nuwuhakên kapitadosan.

[Iklan]

3. sampun kasringên santun babu. Manawi sampun angsal babu ingkang ambangun miturut sagêda awèt. Gêntas-gêntosing pamomong, sagêd adamêl risaking jiwaning putra. Putra botên gadhah pakulinan, utawi pamanggih ingkang têtêp.

Wontên lajêngipun.

Wignya, Pêmalang.

--- [1061] ---

Rabukipun Basa Jawi

III (têlas)

Petruk : Ambalèni bab kaananing masarakat, Kang Garèng. Urip dhèkwingi-wingi karo urip saiki, pancèn ketok tênan bedane. Dhèk biyèn ênggonku padha arêp anglêstarèkake uripku, ora susah nganggo ngêpuh kringêt akèh-akèh, marga kaananing kodrat ing kene, uwis awèh kapenak marang aku kowe. Palêmahane êloh. Alase kêbak pangan. Hawane kapenak, ora ana adhêm bangêt, ora ana panas bangêt. Uwonge isih sathithik, dadi apa-apa sarwa turah. Dadi, ora susah nganggo ngêpuh utêg lan ngêpuh kringêt, uwis padha bisa urip kapenak. Hla, marga kapenak bangêt kuwi mau, banjur marai ora butuh ngudi, orabutuh golèk reka, têmahane kakuwatan mêlaring pikiran - de veerkracht van den geest - banjur pêpês, utawa kandhêg (stagnatie). Saiki isih akèh contone. Wong sing uwis kapenak uripe, uwis mukti, uwis kajèn kèringan, klekaran bae uwis bisa urip kapenak tur sênêng, racak-racake kakuwataning pikirane mêsthi banjur lumpuh. Jôngka utawa idham-idhaman kang luhur-luhur, mlorod, kêgondhelan - bangsaning mat-matan, ana gamêlan, jogedan, kututan, tekon, lan sapanunggalane.

Garèng : Iya, pancèn ana èmpêre. Mung bae, kaanan kaya ngono kuwi, kêna tak arani mung kari tilase jaman wingi, jamane dhèk aku kowe isih kapenak bangêt kae. Kang akèh-akèh, sadulur kene uwis nêsêp rabuke kaanan anyar. Kang disawang lan dirasakake, apadene kang dipikir kaananing urip sanyata-nyatane - harde werkelijkheid - Truk. Mulane iya uwis akèh kang ora sênêng nglamun, anggagas utawa ngentha-entha kang ora-ora. Akèh kang uwis duwe kayakinan, yèn anggone urip ana ing ngalam donya kiye duwe sêsanggêman sarta duwe tuju (taak en doel).

[Grafik]

Petruk : Uwis, Kang Garèng, bab rabuk kaananing masarakat, samono bae, mundhak kêdawa-dawa.

Garèng : Saiki rabuk sing nomêr loro, [lo...]

--- [1062] ---

[...ro,] yaiku layang kabar karo layang-layang wacan liyane. Bab pèrês uwis gênah saya ketok bangêt dayane. Saking gêdhene, miturut kandhane Tuwan Paradha Harahap kae, kantor layang kabar kuwi ngantèk sok dadi jujugan pitakonan warna-warna. Wiwit bab kapradatan, ngantèk têkan urusan lakirabi.

Petruk : E, e, toblas, prakara lakirabi bae mêksa nyêla-nyêla mênyang kantor layang kabar. Apa up rêdhaktur kuwi dianggêp makêlar kawin, ngono.

Garèng : Mêsthine ming diminta sraya, dikon ngrewangi ngontrolê utawa ngondhêrsuk pacangan.

Petruk : Êm, pêpak-pêpaking jagat.

Garèng : Ananging tumraping jagat layang kabar, saiki kiyi kêna diarani bumi langit karo jamane aku kowe isih jaka biyèn. Jaman saiki, bangsane jurnalis srudug, lan jurnalis waton wani nyêmplung bluwèn, uwis ora payu. Cêkake wong-wong pèrês jaman saiki, uwis akèh sing jan gêmblengan têmênan.

Petruk : Andêlok isine layang-layang kabar, pancèn ketok bangêt majune. Mungguh ing bab basa, iya ketok bedane karo jurnalis modhèl biyèn.

Garèng : Bedane kapriye, Truk.

Petruk : Jurnalis modhèl saiki, padha wasis ngandhakake prakara kang angèl kanthi gampang dingrêtèni wong akèh. Nèk cara biyèn, kosokbalèn, yaiku wasis ngêngèl-êngèl prakara kang pacène gampang bangêt. Sabab, cara biyèn umume padha duwe panganggêp, yèn sing diarani wasis ngarang, yaiku yèn bisa ambulêtake têtêmbungan, ngantèk ora dingrêtèni uwong. Barêng saiki, sing diarani wong wasis ngarang, yèn bisa nglairake panêmu utawa gagasane, kanthi trêp lan têrang, apadene kapenak diwaca.

Garèng : Iya kaya ngono kuwi, Truk, sing jan bisa ngrabuki pikiran Jawa lan basa Jawa. Yèn mung dhêmên mainan têmbung, môngka isine ora ambêjaji, prasasat rabuk kakehan ampas.

Petruk : Mung ana kuciwane sathithik, dene kèhing layang kabar Jawa, nèk ditandhing karo Mlayu, kontit bangêt.

Garèng : Pancèn ngono, Truk, ananging prakara cacahe ora prêlu diprihatinake. Sanajan namung sathithik, yèn sing maca akèh bangêt, isine atos, uwis bisa gêdhe dayane. Kanggone saiki, layang kabakabar. utawa kalawarti Jawa umum, sing klêbu jêmbar têbane sing tak sumurupi ana lima, yaiku saka kulon mangetan - Kajawèn, Sêdyatama, Pustaka Warti, Panyêbar Sêmangat, Èksêprès. Layang kabar limang warna kuwi, sanajana tujuane beda-beda, ananging tangkêpe marang basa Jawa padha, yaiku arêp mèlu ngrabuki pikirane lan basane wong Jawa. Mulane, ing bab ngajokake basa Jawa, sarta ênggone nênangi supaya wong Jawa padha dhêmên maca, iya bisa bêkêrjah bêrsamah-samah.

--- [1] ---

No. 38, 20 Sèptèmbêr 1940. Taun XI

TAMAN BOCAH

Ingkang ngêmbani: BU MAR.

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CENTRUM RÊGANE SATAUN F 1.50 KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN. BAYAR DHISIK. LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.

SÊMUT ROSA.

Kamta nèng gudhang, rêkane arêp nggawekake têlênan ibune, wong têlênane ibune wis gêrong. Saking kayune dipasah bola-bali ora kêbênêran bae, pasahe njut dibuwang, Kamtane njut mlayu mêtu, lawange dijêbrètake mbi pêcuca-pêcucu.

[Grafik]

Barêng nèng jaba wêruh pitik krumpul-krumpul, êmbuh padha nucuki apa, diblêdig, bubar pating kreyok. Salahmu dhewe, hawong Kamta lagi nêsu! Ning njut gêli, wêruh pitik kêjêndêlên arêp nlusup pagêr, maju ora bisa, mundur ora bisa. Pitike ditulungi. Kamta lali anggone nêsu, singsat-singsot mbi clilang-clilêng. Dumadakan dhingkluk ... êlo, ana sêmut boyongan. Sing ngarêp dhewe ki kok le gagih! Lo, la kok mandhêg? Kamta ndhodhok, mêksa durung cêtha, njut turon nèng sukêtan. Woo, la wong ana sing ngêngèl-êngèli. Nèk sêmut, watu sêmono ki ya gêdhe bangêt! Jajal nèk nganggo ... Kamta mênyat njut rogoh-rogoh sake kathok. Ora suwe sajake kêtêmu sing digolèki, surya kantha. Woo, nyata pancèn gêdhe tênan. Saiki sajake lagi padha rêmbugan. Lo kok kaya ana swara muni:

Kuwi kewan apa kok gêdhe têmên?

O kuwi bocah, jênênge Kamta, ora apa-apa kok, ca. Ayo, saiki priye? Sapa kuwat nyingkirake watu gêdhe iki dhewekan? Yèn sêmut loro, papane sing kêrupêkên.''

Dalane nggalêr mung sasada ambane. Ana sêmut rosa kandha: "Aku dhèk anu kuwat nggotong watu sing ngêbruki omahe dhewe ki. Jajal tak cobane.''

Sêmut sing rosa mau banjur nggèrèt watune digawa munggah. Sêmut liyane ora ana sing cêmluwit. Mèh têkan dhuwur, jêbul mrucut watune uwal, gêmlundhung bali. Sêmute mudhun manèh, watu dicokot manèh, digèrèt munggah ... mrucut manèh. Mangkono rambah ping wolu. Olèhe nyokot saya rosa, ning olèhe ndèlèhake sing durung kêbênêran. Watu bola-bali ngglundhung. Suwe-suwe sêmute ora sranta, tandange grusa-grusu. Lagi ribut kaya mangkono kasaru têkane sêmut padha nggawa barang putih. Panggêdhene bêngok-bêngok:

Sêtop, sêtop, sêtop kabèh!

Kandha lirih kambi sêmut sing rosa mau: Ngasoa dhisik. Tumandang gawe ki sing sabar. Wis kono ambêkanmu tatanên dhisik.

Njut kandha kambi sêmut sing lagi padha mêntas têka: "Ca, mandhêga kabèh. Gawanmu êndhog jare, dudu sabaene. Salah siji mlayu kandha marang panggêdhemu nek dalane lagi ora kêna kanggo liwat.''

Sêmut sing rosa tumandang gawe manèh. Dhisike sêpisan, pindho têkan ping lima sarèh, ning njur wiwit sajak kêsusu manèh. Wuwuh-wuwuh ana kongkonan saka panggêdhene ngirim-

--- [2] ---

NDÊLOK GUWA BARAT.

Cah, dhèk anu kae nalika Bu Mar dolan nyang Kêbumèn, rak uga mèlu katut piknik mênyang Guwa Barat. Dene papane guwa mau kira-kira 8 paal dohe saka Gombong. Guwa mau isih anyar. Kowe mêsthine padha mbatin, ana guwa kok anyar, ana-ana wae Bu Mar kuwi! Ora cah, nèk guwane mono wis lawas, nanging olèhe kawêruhan wong akèh lagi 2 utawa têlung sasi iki. Critane mangkene:

[Grafik]

Longopaning guwa.

Kira-kira 2 utawa 3 sasi kêpungkur ana kuli lagi ngaso. Kuli mau jarene pagaweane maculi phosfaat sing nèng pagunungan ing desa Buyan bawah Gombong. Pagunungan kono kabèh gunug gamping, nanging kajaba gamping, uga ana phosfaate, kêna kanggo lêmon (kunstmest) dadi iya gêdhe gunane.

Kacarita kuli mau lagi lèrèn, ngisis kambi udud, dumadakan krasa gêgêre kanginan sêmruwung. Barêng mengo, wêruh ana sukêt nèng ngarêp bolongan kira-kira mung sêdhêng kanggo liwat kucing, obah klipik-klipik, rada bantêr. Nuli dicêdhaki, diiling-ilingi, banjur dipaculi. Barêng olèhe macul entuk kira-kira ana rong mètêr, ing kono banjur ketok ana guwa, barêng ditut bolongane, tibake dawa bangêt nganti 560 mètêr. Mula dijênêngi Guwa Barat, marga saka barat, sing sêmruwung saka guwa mau.

[Grafik]

Ing jêro guwa watune kaya gulali.

Sabên dina uwong sing padha ndêlok guwa mau akèh bangêt, apa manèh nèk dina Minggu, bokmanawa sèwu iya ana. Nalika Bu Mar mrana, iya kabênêr dina Minggu. Wah ta akèhe sing padha ndêlok. Nèng ngarêp guwa ana bis wadhah dhuwit kanggo Roode Kruis. Sing sapa mlêbu, kudu nglêboni sasèn. Aku wêruh kaanan nèng jêro guwa mung tansah gumun bae, bola-bali kagèt lan nyêbut: "E, e, e. Laillah hailaloh'' ... ora lèrèn-lèrèn, nganti mênirên. Tak arani ki guwane iya mung saomah jêrone, njur kêtok lêmahe sing dijupuki phosfaate; tibake dawa ngalur-alur nganti 560 mètêr.

Ana candhake.

BU MAR.

__________

ake êndhog, nakokake apa dalane wis dadi. Sêmute rosa kringête godrès. Panggêdhene kandha:

Ngaso sik, ca, ngaso. Ora dadi apa. Kana dikon ngêntèni sêdhela bisa. Tinimbang gawe dalan anyar! Sing aso, nggonmu nganggo kêrosan, sing pintêr, kudu direka.

Sêmut sing rosa batine bungah, duwe panggêdhe bisa ngarêm-arêmi ngono kuwi. Njur tumandang gawe manèh, atine iya ora kêsusu. Sêpisan, pindho ping têlu ora dadi, ping pate lakune dilon-lon bangêt. Prasasat sabên sajangkah mandhêg, barêng têkan ing dhuwur ngêtog kêrosan sêdhela, wusana ... gèrêng, watune njênggêrêng nèng panggonane ora kuwatir ngglewang utawa gumlundhung manèh.

Taaa, Kamtaaa!

Kamta dicêluk ibune. Bocahe mênyat karo sumaur: "Apa, bu.''

Lêt sêminggu têlênane dadi. Iya bola-bali ênggone masah, ning tansah kelingan tekade "sêmut rosa".

--- [3] ---

WAYANG.

Minggu ngarêp babad, saiki gênti wayang, nêrusake Anoman duta.

Jare lakon Anoman duta wis êntèk!

Iya lakon candhake, ngono! Pancèn ana, kok, cah, candhake lakon Anoman duta. Ora mung siji, ana loro têlu. Wong lakon "Anoman duta'' kuwi cara biuskupe ngono lakon - serie, lakon urut-urutan, nèk dikumpulake, dadi crita gêdhe, ya iku critane bathara Rama.

Mangsa rampunga nèk critane bathara Rama mung digawe salakon, wong dawa bangêt. Mulane banjur dipêcah-pêcah, diprêthil-prêthil, dadi lakon pirang-pirang.

[Grafik]

Dasamuka

Sapisan, nalika satriya Rama rabi olèh putri Mantilidirêja, Dèwi Sinta, banjur arêp didadèkake ratu ana Ngayodya nggêntèni bapakne Prabu Dasarata, nanging ora sida, malah banjur lunga saka nagara sabab kratone diwènèhake marang adhine Rama, Radèn Brata. Lakon kuwi diarani lakon "Rama tundhung''.

Kapindho, nalika satriya Rama ana ngalas, karo bojone Dèwi Sinta, sarta adhine Lêsmana, banjur Dèwi Sinta dicolong Prabu Dasamuka, nganti Rama kapêksa nggolèki mrana-mrana, banjur kêtêmu karo manuk. Dilalah kok manuk mau ngandhani yèn Dèwi Sinta jarene dicolong ratu buta ing Ngalêngkadiraja Prabu Dasamuka. Iku diarani lakon "Rama gandrung'', wong nalikane satriya Rama nggolèki Dèwi Sinta mau kambi ngênglêng, gandrung-gandrung saka kangêne karo bojone.

Kaping têlu, sasuwene Rama mrana-mrana nggolèki Dèwi Sinta mau, dumadakan kêtêmu karo ratuning kêthèk, Sugriwa jênênge, dijaluki tulung, Rama dikon matèni mungsuhe, iya kêthèk, jênênge Subali, sabab jarene Subali iku ala atine, ngrêbut bojone Sugriwa. Olèhe njaluk tulung Sugriwa nganggo awèh kasaguhan, manawa Subali klakon mati, Sugriwa gênti arêp ngrêwangi Rama ngrêbut Dèwi Sinta saka Ngalêngkadiraja. Rama saguh, Subali klakon mati, banjur Sugriwa ngaku ratu têmênan kambi Rama, sarta niyat ngrêwangi Rama arêp mèlu ngarah baline Dèwi Sinta saka Ngalêngka.

Wah, cah, lakon cuwilane crita Rama kuwi rame bangêt, bocah-bocah sênêng, wong tuwa iya sênêng. Besuk liya dina dak critani sing dawa. Mungguh jênênge lakon mau, lakon Sugriwa-Subali, kuwi lakon sing angka têlu.

Sing angka papat wis dak critakake, malah dhisik dhewe, ya iku lakon Anoman duta. Bubar lakon Anoman duta, banjur lakon "Rama tambak''. Ia iku nalikane Prabu Ramawijaya, - saiki wis olèh sêbutan prabu, cah, wong wis dadi ratu, ratuning para akèh - ngêrigake kêthèk-kêthèk dikon mbêndung sêgara nganggo watu arêp digawe liwat Prabu Rama sabalane anggone arêp nglurug mênyang Ngalêngka. Wis tau kandha apa durung, aku, cah, nèk tanah Ngalêngka iku karo nagarane Sugriwa kêlêt-êlêtan sagara.

Wah, wong sagara jare arêp digawèni dalan, gèk watune sêpira bae. Nanging wong balane kêthèk Prabu Rama iku akèh bangêt, dalane, yaiku bêndungane utawa tambake, iya klakon dadi, kêna diêngga liwat têmênan.

Kuwi lakon "Rama tambak'', utawa lakon kang kaping ênêm.

Candhake kuwi banjur lakon pêrang patèn-patenan. Dhisike lakon "Patine Kumbakarna'', adhine Dasamuka, banjur lakon "Patine Dasamuka'' dhewe, ditêrusake nganti dadine ratu Wibisana, adhine Dasamuka, ana nagara Ngalêngka, nggêntèni Prabu Dasamuka, ... êntèk.

Wis, liya dina ditêrusake manèh, ngandharake lakon siji-sijine.

--- [4] ---

Mangsuli layang

Cah, dhèk Agustusan kae nèng ngêndi-êndi dianakake arak-arakan, prêlu asung hurmat dina wiyosane Kangjêng Sri Maharaja Putri. Gambini ing Surabaya ngabarake warna-warna. Jarene sanajan ora ana arak-arakan têtunggangan rinêngga-êngga nganggo kêmbang ("blumencorso'') kaya adat sabên, mung arak-arakan wong thok, ewasamono iya rame. Wong-wong padha nggawani lampiyon, tulisan warna-warna, mêmuji rahayu mring Kangjêng Sri Maharaja Putri. Ana paradhê gêdhe, ing ngawang-awang uga paradhê montor mabur. Tanggal 1 Sèptèmbêr jarene nèng Stadstuin dianakake Fancyfair. Tontonan iya rupa-rupa, ana mondhar-monica-concours; Sanghai-sport ora kari. Malah imbuh tontonan sawatara. Wong tanpa klambi turon nèng "parut gêdhe'', dawaning pakune ana 4 cm, blabage 1 m², sawise turon njur wêtênge dijlogi kancane sawatara saka dhuwur meja.

Wèh, kok ana-ana wae ya, cah. Kowe apa iya padha wêruh? Durung? Bu Mar iya durung ki. Eman dene ora ana gambare, anaa kowe kabèh padha daktuduhi. Mêsthine motrèt rada angèl, marga sing ndêlok jêjêl uyêl-uyêlan. Nèk ora angèl Gambini wis motrèt, wong tontonan liyane iya dipotrèti, malah Bu Mar dikirimi têlung iji.

Mêntas ana rame-rame kaya ngono, jarene dumadakan ana kobongan êntèk, kira-kira omah kampung cilik-cilik 30 iji, njur nèng Grêsik uga ana kobongan, nganti sadesa êntèk; wiwite jam 9 esuk nganti jam 5 sore lagi mati gênine.

Wah, mêsakake wong-wonge ya, cah. Muga-muga wae sing padha kasangsaran mau enggala bisa kêtulungan, mêntas saka sangsarane.

Jènggèl, Kêbumèn, uga nyritakake yèn dhèk Agustusan kae mèlu arak-arakan cah sêkolah. Sênêng bangêt jarene. Kuwatir nèk nèng dalan mopo, ora bisa têrus mlaku, mulane saarêpe mangkat jarene wêtênge diisèni dhisik, wedang mbi ... "gêthuk sakir''. (Arak-arakane wiwite jam 5 sore).

Wong iya omahe cêdhak bakul gêthok, dadi iya gampang. Esuke jarene nèng ngalun-alun dianakake balapan jaran, nganti têlung dina. Wah, eman bangêt Bu Mar wis mulih, anua rak bisa kêtêmu Jènggèl nèng alun-alun, ning nèk Bu Mar ora pangling, wong nèng gambar kambi nyatane kuwi sok beda.

Barêng Cabuk, Gunung Kidul, kuwi rada mêsakake. Nalika tanggal 1 Sèptèmbêr dolan nyang Ngayoja prêlu nggolèki Any, ning nganti sadina muput midêr-midêr ing kutha mêksa durung bisa wêruh Volksbibliotheek "Trisirah''. Jarene sabên kêpêthuk bocah, ditakoni, nanging wangsulane pijêr: "Dèrèng sumêrêp''.

Mêsthi wae, Buk, nèk sing ora butuh nyilih bukune Any, iya ora ngrêti Volksbibliotheek "Trisirah''. Nèk njujug nèng Sosrowijayan 68, iya mêsthi kêtêmune.

Kok kaya Soepadmo, Mr. Conelis, biyèn kae, dhèk Bu Mar isih nèng Pêtojo, wis nèng ngarêp omahku, kok njur lungguh nèng ngisor asêm bae, ngêntèni nèk ana wong wedok lêmu mêtu. Diêntèni nganti jam 7 sore, jare ora mêtu-mêtu. Sabên mêtu-mêtu bocah lanang tur cilik; ana bocah wedok isih klabangan. La iya pancène rak njujug nyang buri ta Padmo, kok ndadak rikah-rikuh. Suk libur ngarêp iki arêp nyang Serang, ya Mo? Bu Mar ora titip apa-apa, mung wêling, besuk aja ngantuk nèng sêpur, mundhak kêbablasên kaya biyèn kae.

Mênêng-mênêng Soedarsini Kras, Kêdiri, mêntas dolan nyang Bandung. Ah genea ora têrus nyang Bêtawi, wong kari sanyukan we kok. Nyatane wong mung têlung dina; kanggo mubêng-mubêng nèng Bandhung wae durung kemput. Layangmu sing dhisik-dhisik wis dak tampa kok Ni, kêtrima bangêt, lo. Nèng Bandhug wêruh apa bae lan nyang ngêndi? Bu Mar mbok iya dicritani!

Soebjanto Cêmpakaputih Bêtawi-C., crita yèn dadi pandhu, lagi diajari nisik kaos, dondom-dondom lan masak. Pancèn sênêng kok dadi pandhu kuwi, imbuh kaprigêlan, imbuh kawruh lan iya imbuh rupa-rupa. Bu Mar sênêng bangêt nèk dicritani bab pandhu-pandhu. Kêna kanggo têngêr, kok ya cah, nèk ana priyayi kakung sagêd masak, ngliwêt lan prigêl apa-apa, kuwi gênah nèk tilas pandhu.

Dolanan Kudangan.

Sl. pm.= Slendro pathêt manyuro

[Grafik: Notasi]

Kêbênêran To, besuk nèk libur mulih nyang Kutoarjo kowe bisa makili ibu nèng pawon; pamèrke kadigdayanmu To, ndah kaya apa sênênge ibu, duwe putra lanang pintêr sêkolahe, pintêr ngliwêt (e sangit-sangit ning matêng), pintêr samubarang.

O iya, aku njur kelingan layange Pasirah. Crita nèk saiki sêkolah P.W.S. Dakpikir-pikir apa ta P.W.S. kuwi, salawase lagi sêpisan iku aku krungu cêkakan P.W.S. Tibake barêng tak waca têrus, têka karangane Pasirah dhewe, Pawonschool, gurune ibune dhewe. Wah, malah kêpenak kuwi! Apa bae sing kowe kêpenging bisa, nèk ibu bisa iya diwulangake, nèk ora sinau ora disêtrap. Ora kaya Sri Soejatni Purworêjo, crita karo Bu Mar jarene wis ping pindho iki diukum gurune, marga ora sianu ilmu bumi. Padha-padha wulangan, jarene sing Sri sêngit dhewe. Wulangan liya iya mêsthi disinau, mung siji kuwi, jarene nèk ndêlok gambare bae wis mumêt. Pancène mumpung saiki lagi wiwitan, isih nèng klas 5, apalan ilmu bumi durung pati akèh kaya nèk klase wis dhuwur, mulane oraa dhêmên iya kudu didhêmên-dhêmênake. Nèk wis dhêmên rak njur gampang mlêbune nèng pikiran. Nèk ngrêti ilmu bumi kuwi, rak njur ngrêti kutha siji-sijine. Jajal nèk gurumu crita bab kutha Bêtawi. Rungokna sing tênan, trêkadhang ya crita bab wong Dhayak, uripe priye, sandhangane, cara-carane lan iya rupa-rupa. Sêdulurmu T.B. sing omahe nèng Borneo iya ana. Nèk ngrungokke tênan ngko rak njur sênêng. Bu Mar ki maune rak ya sêngit ilmu bumi, saiki tibake malah dhêmên bangêt.

Tur nèk wulangan iki bisa nampa, besuk nèk Mulo, saya imbuh manèh wulangane ora pati kagèt. Jarene kêpengin kaya Mr. Lapijah.

Pancène Pasirah iya kêpengin bangêt nêrusake sêkolahe, nanging rèhning ora bisa, dadi narima sêkolah P.W.S. bae, sing murah tur cêdhak.

Wis, cah, têkan sêmene bae dhisik, suk Jêmuah ngarêp ... e, e, durung bar dhing. Gilo imbuh sêdulur manèh S. Warno Dawoehan Kêrtosono, Soetjipto p/a A.W. Gandoesari lan Poerbjantoro L.L. H.I.S. Kuthoarja. S. Warno crita nèk sênêng bangêt nggambang, kêpengin kaya Ottelien mbi sêdulur lan kanca-kancane kae, olèhe padha wasis nabuh gamêlan.

Wis cah, kono padha têpungan karo sêdulur anyar lan padha dongèng-dongengan, suk Jêmuah kêtêmu manèh mbi BU MAR.