Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-08, #1669

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1940, #1669
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-01, #1669. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1530.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-02, #1669. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1529.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-03, #1669. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1528.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-04, #1669. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1527.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-08, #1669 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1526.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-09, #1669. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1525.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-10, #1669 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1524.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-11, #1669. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1523.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-12, #1669. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1522.

--- 887 ---

Ôngka 64, Ju Pa, 6 Rêjêb Dal 1871, 9 Agustus 1940, Taun XV.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Slasa lan Jumuwah

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Saribasa - Tuwan Ahmad Lasaidho - Dara Pos - Jagading Wanita - Nglaras Tatakrama Jawi - Kabar Warni-warni - Waosan - Taman Bocah.

Sari Basa

Mokal iku ewoning têmbung kang marahi cilaka. Sing sapa kêrêp muni: mokal, prasasat tansah nyupatani awake dhewe.

Tumraping wong kang isih bisa duwe karêp, ora ana prakara kang mokal.

Kang aran mokal têmênan, yaiku nêtêpake apa kang aran mokal.

Samubarang kang isih kêna ginayuh ing pikiran, ora ana kang mokal.

Poma, aja pisan-pisan nganti muni: ah, mokal - ah, ora bisa kêlakon - ah, aku ora bisa.

Yèn ana wong kang duwe karêp nêdya anggayuh prakara kang mokal-mokal, iku kang daksênêngi dhewe.

Prakara kang mokal, iku sajatine mung mêmêdi gaweane wong jirih, utawa pandhêlikane wong kang wêdi kangelan.

--- 888 ---

Tuwan Ahmad Lasaidho

[Grafik]

Ing pangintên, kaluhuran tuwin kamulyan punika botên wontên ingkang botên kanthi patukon awrat, namung limrahipun, panyawangipun tiyang sanès dhatêng tiyang ingkang manggih kaluhuran tuwin kamulyan, manawi sampun katingal kados makatên, botên ngèngêti ing kala jaman rêkaosipun. Mênggah pasaksènipun para maos sagêd nguningani lêlampahaning sanès warni-warni. Ing ngriki badhe nyariyosakên kalampahanipun Tuwan Ahmad Lasaidho, ing Onaona, ingkang misuwur kasugihanipun.

Manawi miturut têtêmbungan ngamanca, Tuwan Ahmad Lasaidho punika kenging dipun jêjuluki: raja koprah, kabêkta sugihipun wau jalaran saking anggènipun dagang koprah.

Ing sakawit Tuwan Ahmad Lasaidho punika tiyang limrah, panggêsanganipun candhak kulak koprah lajêng dipun sade dhatêng sudagar koprah agêng ing Gorontalo tuwin Mênadho, dene dunungipun Tuwan Ahmad wontên ing pulo Onaona, satunggiling pulo alit ing golonganing kapuloan Togian laladan Salèbês sisih lèr.

Tuwan Ahmad punika sampun anggadhahi dhêdhasar nêdya tumandang piyambak, têgêsipun kajêng badhe nyumêrêpi yêktos dhatêng lêbêting tindak among dagang, mila piyambakipun purun rêkaos saha purun gêgayutan piyambak kalihan sudagar-sudagar koprah kanthi nyingkiri botên purun kêcêncang ing êmpingan.

Ing sakawit Tuwan Amad namung gadhah wit kalapa sawatawis asli tilaraning tiyang sêpuhipun, dados panggêsanganipun ing kala punika inggih dèrèng nama nyêkapi, malah kenging dipun wastani taksih kapara kirang.

Kalamôngsa ingkang sawêg dhumawah botên sakeca, ing satunggiling dintên rêdi Onaona anjêblos, anjalari pêjahing tanêman kalapa kathah sangêt, têtiyang ing ngriku sami kecalan panggêsangan, makatên ugi Tuwan Ahmad inggih nandhang sangsara kados tiyang kathah, nanging manahipun botên lajêng pêpês kados tiyang sanès-sanèsipun, malah anjalari saya jêmbaring wawasanipun. Piyambakipun botên namung badhe kandhêg jalaran giris ing bêbaya, kêncênging tekadipun badhe nglajêngakên panggaotanipun ingkang sampun, prakawis bêbaya ing têmbe wingking botên kalêbêt ing pamanahipun, namung prêlu migatosakên dhatêng kamajêngan.

Ing ngriku Tuwan Ahmad numbasi sisa-sisaning tanêman kalapa gadhahanipun têtiyang ingkang sami oncad saking ngriku, kanthi pêpetangan matêng ing benjing badhe kadadosanipun. Wusana [Wu...]

--- 889 ---

[...sana] pinanggih lulus, tanêmanipun kalapa sae-sae, wohipun andados, dipun têbihi ing ama warni-warni. Pambalêdhosing rêdi Onaona ingkang ing ngajêng damêl karisakan, malah adamêl saening siti, ngrabuk sawarnining têtanêman, tanêmanipun kalapa Tuwan Ahmad kados dipun ububi.

Dumuginipun sapunika tanêmanipun kalapa Tuwan Ahmad sampun wontên 200.000 wit. Kapetang racak, ing dalêm sataunipun ing sabên uwit ngandhapakên uwoh 60 iji. Ing sabên koprah sapikul kêdah ngawontênakên kalapa 250 dumugi 300 iji, dados ing dalêm sataun sagêd ngêdalakên koprah kirang langkung 80 pikul, inggih 20.000 pikul ing dalêm tigang wulan utawi 6600 pikul ing sawulanipun, dados 220 pikul sadintên.

[Iklan]

Panggaotan ingkang sampun dados, upamia tiyang mlampah nama manggih margi wiyar, makatên ugi Tuwan Ahmad, sagêd nyambi panggaotan sanès, kados ta nyewakakên griya tuwin sanès-sanèsipun. Bôndha tuwin kasugihanipun Tuwan Ahmad, kintên-kintên wontên kalih yuta rupiyah.

Kados makatên pinanggihing lêlampahanipun tiyang wêkêl ing damêl.

--- 890 ---

DARA POS

[Grafik]

Wiwit kina mila pêksi dara kalihan sêgawon punika dados praboting pêrang kangge ngintunakên kabar-kabar ingkang wigatos. Samangke sampun wontên radio, tilgram, tuwin tilpun, ewasamantên salêbêting papêrangan mêksa bêtah pitulunganipun dara tuwin sêgawon.

Kala-kala pêjah gêsanging prajurit maèwu-èwu gumantung dhatêng dumugi utawi botênipun pawartos ingkang kakintunakên dhatêng barisan sanès. Mangka pirantos tilgram, tilpun, utawi radio punika rimpil gampil risakipun. Mila ingkang sami pêrang inggih botên wani nilar prabot lami inggih punika dara kalihan sêgawon.

Sisih kiwa nginggil: Dara pos sampun dipun kanthili sêrat badhe kaaburakên.

Ingandhap: Dara pos wontên ing gupon kados sami pacak baris, samangsa-mangsa siyaga mbêkta sêrat katampèkakên dhatêng lurahipun.

Nginggil: Dara pos ingkang sawêg dipun gladhi ngintunakên sêrat. Sabên dintên sami kaêculakên sêsarêngan.

--- 891 ---

Sisih têngên: Dara pos kalihan tiyang ingkang ngopèni supêkêt sangêt pamitranipun.

Sisih têngên ngandhap: Sêrat ingkang badhe dipun kintunakên kalêbêtakên ing bumbungan ing suku.

--- 892 ---

Jagading Wanita

Bab olah-olah sate ulam ayam modhèl Banyumas

Sasampunipun ulam kakumbah rêsik, milih daging ingkang sae, lajêng kairis-iris, alitipun saklungsu-klungsu kapara agêng sakêdhik.

Bumbunipun: sarêm, gêndhis jawi, tumbar jintên, brambang bawang, kunir, jae, asêm, kadugi-dugia sacêkapipun, bumbu wau kagêrus lêmbat. Lajêng pun ulam kaulenan kalihan bumbunipun ngantos wradin. Lajêng dipun sunduki, mawi sada panjang sakilan-kilan, dipun lincipi. 1 sunduk, 6-8 iris. Pambakaripun mawi latu arêng, bilih sampun matêng kawadhahan ing basi lonjo.lonjong. Manawa ngrêsakakên mawi sambêl, mênggah bumbunipun sambêl wau: kacang brol ingkang sampun kagorèng garing, gêndhis, asêm, lombok abrit karajang rumiyin. traos, sarêm, kadhêplok (kaulêg sarêng) ngantos lêmbat.

Anggènipun noyani manawi badhe dhahar.

Sate ulam menda bumbu saos.

Mundhuta ulam menda ingkang sae sarta ingkang anggajih nuntên dipun iris-irisa ingkang cêkapan, dipun sunduki mawi sujèn dêling, panjang sakilan-kilan. Panyundukipun daging ing sujèn kêdah kadamêl sêlang-sêling gajih kalihan daging, lajêng kabakar ing latu arêng mawi anglo, sasampunipun matêng kaêntas ing piring. Pandhaharipun kasiram saos ingkang sampun kasêdhiyakakên.

Mênggah bumbunipun saos: lombok abrit, brambang, sami karajang malang, godhong jêram purut karajang lêmbat. Rajangan brambang, lombok, godhong jêram purut kadèkèk ing piring, nuntên kaparingana gêndhis jawi, cokak sakêdhik, nuntên kasiram kecap. Bumbu sate menda punika sadaya mêntah tanpa dipun latoni. Raosipun eca, sêgêr, sumyah.

Damêl asinan lidhah.

[Iklan]

Munduta lidhah lêmbu ingkang sae, ingkang rumiyin lidhah wau dipun thuthuki mawi munthu sela, ngantos pêruh (lêmês), sasampunipun lêmês, mundhuta sarêm satugêl banon, dipun êjur mawi toya sacangkir agêng, sarêm kathuthuk [kathu...]

--- 893 ---

[...thuk] lêmbar rumiyin, sarta dipun abêni mawi sêndawa rêgi 1 sèn. Sasampunipun sarêm tuwin sêndawa wau ajur, lidhah dipun ulêt mawi asta ngantos kirang langkung 1 jam, lajêng kaêpe, pangêpenipun sarana dipun gantung ing latar, sontên watawis jam 3 kaêntas. Têrus karêndhêm ing sarêm wau, enjingipun kapepe malih, wongsal-wangsul saminggu laminipun. Manawi sampun têlas sarêmipun, lajêng sabên dintên kaêpe. Punika sampun dados lidhah asin.

Dene pangolahipun dipun sêmur, tuwin dipun gorèng inggih kenging.

Siti Mardiyah.

Pamulangan Mardiwisma ing Surakarta

Sasuwakipun pamulangan normal èstri ing Surakarta kala taun 1934, pakêmpalan Sancayarini tumuntên damêl pamulangan ngrukti balegriya kanamakakên Mardiwisma, nampèni murid-murid pamulangan ôngka kalih tuwin H.I.S. ingkang botên sagêd anglajêngakên sinau awit saking kêcupêtan wragad.

[Grafik]

Kajawi kawulang babagan balegriya, inggih mawi kawulang sêsêrêpan sanèsipun inggih punika basa Walandi, Mlayu, Jawi, Inggris, babad, tuwin ngèlmu bumi.

Wiwit madêg dumuginipun samangke tansah katingal majêng. Kala ing taun 1937 namung ngêdalakên murid 9, ing taun punika sagêd ngêdalakên 18 tamat kanthi angsal partisara.

S.

Wangsulan saking Redhaksi

Tuwan S. ing Pk. Karangan panjênêngan botên kapacak, ngaranga sanèsipun kemawon.

Tuwan O. p/a. R.S. ing Md. Karangan ing bab pangalaman maos botên kapacak, kagolong sampun limrah. Waosan kêdah krama.

Tuwan A.S. ing Ng. Panjurung bab garêbêg Mulud Dal botên kapacak, dhatêngipun sampun kasèp. Nuwun.

Lêngganan nomêr 3415 ing B. Raos Jawi ingkang kados makatên punika sampun sairib kemawon kalihan ingkang sampun nate dipun pacak ing Kajawèn.

Lêngganan nomêr 695 ing R.b. ing taun 1937 sampun, karampungan, botên wontên ingkang angsal. Sapunika dipun sayêmbarakakên malih. Kula aturi mundhut katrangan dhatêng Java-Instituut, Secretariaat: Sono Budoyo, Ngayogyakarta.

Tuwan P. ing Wg. Kintunan panjênêngan karangan tuwin gambar botên kapacak, kajawi kêpanjangên, umur-umuran samantên punika taksih kêgolong dèrèng anèh.

--- 894 ---

Nglaras Tatakrama Jawi

II

Garèng : Pancèn ngono, Truk. Tumrap aku, nèk mrêgoki sadulur kurang gênêp tatakramane, ora takambil posing. Sapisan, marga taktêpakake nyang panjênêngan ingsun dhewe. Kapindho, marga anggone ujas-ujus kuwi uwis gênah ora disêngaja. Ora liya iya jalaran saka angèle si tatakrama mau. Aku kêrêp tumon uwong gunêman sasar-susur ambêlasar tatakramane. Ananging barêng taktamatake tênan, anggone kêclenthot kuwi mau, jêbul marga kumudu-kudune arêp ngajèni. Kaya ta: Kula badhe dhahar rumiyin. Putra kula sawêg sare. Klèru kaya ngono kuwi têrang yèn saking angèling unggah-ungguh. Ora pisan-pisan ngungkak krama. Malah ana sing nganti nyêmbah panggêng, wiwit arêp malêbu ing pakarangan uwis nyêmbah. Jêmpole têrus tumancêb ing irung bae nganti pirang-pirang jam. Kuwi iya saking urmate. Kaya-kaya uwis têrang, nèk anggêr-anggêr ing tatakrama Jawa kuwi akèh sing ngewuh-ewuhi bangêt. Mulane, prayoga yèn dibêsut utawa digampangake sawatara.

Petruk : Mupakat, Kang Garèng. Ananging kudu sêmbada. Wong sing niyat arêp ambêsut utawi ngrompak, kudu basabisa. awèh ijol sing apik. Jalaran tatakrama Jawa kuwi uwis dadi darbèke bôngsa sa-Jawa, dadi yèn dirombak kudu diijoli, aja mung waton wani ngrombak utawi nacad bae.

Garèng : Aja salah wèsêl, Truk. Aku ora niyat arêp ngrombak tatakrama Jawa. Jalaran aku uwis yakin yèn tatakrama Jawa kuwi uwis akèh sing praktis, apik, alus lan gampang. Kuwi ora prêlu dibêsut manèh. Sing patut dibêsut-mung sing marahi sêtrikêl utawa sing marahi ujas-ujus.

Petruk : Nèk ngono, lèhku mupakat takundhaki sêpuluh prêsèn. Mung bae arêp mbêsut tatakrama kuwi uwis gênah: a-ngèl-ba-ngêt.

--- 895 ---

Garèng : Ora angèl, ora angèl. Anggêr sing diprêlokake bangêt mung bab gunane, gampang bae, ênggone ambêsut.

Petruk : Saikia kae sing diprêlokake iya gunane.

Garèng : Hara jajal, gunane dianggo apa.

Petruk : Tatakrama kuwi gunane dianggo ngajèni uwong.

Garèng : Hla, rak sêlip bangêt, ta. Kaya ngono kuwi dudu gunane sing baku, ming sêmpalane utawa slewengane. Murih cêthane takgawèkake upama, Truk. Jaman saiki uwis rada akèh wanita bangsane dhewe, sing padha tirok-tirok nganggo kudhung kacu karo nganggenganggo. bêlor irêng, ngantèk kaya tokerok kae. Kacu karo bêlor mau, pancèn gêdhe bangêt gunane. Kudhunge dianggo ngrêksa sirah, supaya aja kêpanasên. Bêlore diangrêksadianggo ngrêksa. mripat supaya aja blêrêng. Kuwi gunane sing baku, Truk. Ananging kèh-kèhing uwong, kudhung karo bêlor mau banjur dianggêp pacakan alias srana sing marai gênit. Mulane, nonton bioskup barang iya banjur ana sing nganggo kudhung kacu karo nganggo bêlor irêng. Dadi guna sing baku kêtutupan karo guna sing ora baku. Mêngkono uga bab tatakrama mau. Gunane sing nomêr wahid kalah dhêsuk karo prakara ajèn-ajènan mau.

Petruk : Ora susah angglajrah-angglajrah, Kang Garèng. Nèk kowe, tatakrama kuwi dianggo apa.

Garèng : Nèk aku, dianggo srana nyupêkêtake pasrawungane manungsa. Mungguh nalar-nalare mangkene. Bêbrayaning ngaurip kiye, arêpa nganggo cara kapriye-kapriye, mêsthi ora bisa sama rata, sama rasa, mêsthi kudu ana sing sugih, ana sing mlarat, ana sing luhur, ana sing asor. Ana sing dadi bêndara, ana sing dadi ratu utawi presidhèn, ana sing dadi rakyat. Cêkake, manungsa kuwi sanajan tumraping Pangeran sami mawon, ana ing donya mêsthi undha-usuk pêpangkatan. Dene sing dadi undhak-undhakan mau pangkat, payung, sêtrip, très, darah, bayar, kapintêran, rupa, dhêplomah, pagawean, ènsopurt. Môngka, kabèh mau kudu nunggal, kudu tulung-tinulung. Tanpa kawula, ora ana ratu. Tanpa batur, ora ana bêndara. Tanpa prajurit, ora ana jendral. Tanpa karerehan, ora ana panggêdhe. Banjur, murih wong siji lan sijine bisa srawung kanthi supêkêt, bisa têpung kanthi apik, dianani srana, yaiku: tatakrama. Kuwi Truk, gunane tatakrama sing nomêr sitok. Dadi tatakrama kuwi jinising êlim, dianggo ngrakêtake pasrawungan.

--- 896 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès)

TANAH NGRIKI

Siti ingkang badhe kangge balapêcah. Ing dhusun Karangpilang, bawah Sragèn, wontên siti pasir ingkang sae kangge balapêcah, sampun kacobi kangge cangkir ingkang kandêlipun 1 m.m. taksih kiyat.

Technische Hoogeschool sampun 20 taun. Adêgipun Technische Hoogeschool ing Bandung sampun 20 taun, dhawah kala tanggal 1 Augustus punika. Ingriku kawontênakên pèngêtan kanthi wêdhar sabda. Dumuginipun sapunika, pamulangan luhur wau sampun ngêdalakên ingenieur 202.

Pambikakipun Technische School ing Sêmarang. Gêdhong pamulangan Technische School enggal ing Sêmarang sampun kalampahan kabikak. Ingkang anjênêngi pambikakipun Mr. Winkler, Gupêrnur Jawi têngah, Tuwan Pass sakalihan, Residhèn Sêmarang, tuwin sanès-sanèsipun. Miturut suraosing wêdhar sabda, adêging pamulangan wau ing sakawit ambachtschool, lajêng santun dados Technische School, adêgipun kala ing taun 1892, dados sapriki sampun 48 taun.

Lulus saking Technische Hoogeschool. Sami lulus ingenieur-examen jangkêp, tuwan-tuwan Patun Doli Diapiri, M. Pramuji, M. Sutomo Wongsocitro, R.M. Suwandi Notokusumo, M. Suwarto, J.H. Spenkelink, Hwat Bo Tan, J.R. de Vries, C.A. van Vrijberghe de Coningh, P.Th. Wijnhamer. Lulus perangan B. : Ch.J. Coevorden, Tan Hong Yam tuwin S. Theuvenet.

Literaire Faculteit. Ing wêkdal punika Dep. Pangajaran sawêg ngrêmbag ing bab badhe adêgipun Literaire Faculteit, inggih punika pamulangan luhur babagan kasusastran. Ing pangangkah sagêda kawiwitan wontên ing wulan Sèptèmbêr ngajêng punika.

Rêmbag babagan pensiun warandha tuwin lare lola. Miturut wartos Aneta, Raad Kawula sampun ngrêmbag ing bab rancangan tatanan ewah-ewahan tuwin wêwahan pranatan pensiun tumrap warandha tuwin lare-lare lola anaking narapraja ingkang sanès bangsa Eropa.

Lotrij enggal. Lotrij arta ingkang wiwit kasade ing tanggal 1 Agustus punika tumanja dhatêng: Wezengestichten Protestansche Gemeente ing Surabaya, ugi tumrap dhatêng: Algemeene Armenfonds Ned. Indhie, oranje Nassau Gestichten Pa van der Steur ing Magêlang, Soekabumische Opvoedinggestichten, Bataviasche Vincentius Vereeniging, Roomsch Katholieke Meisjes-Weeshuis ing Padhang, Verbond Vereenigingen Pro Juventute ing Bandung tuwin Pro Juventute ing Malang.

Ukumanipun nggiyarakên wartos dora. Kajawèn mêntas martosakên bab dhukun ing Surabaya nyariyosi têtiyang supados sami pindhah dhatêng sanès panggenan. Dhukun wau lajêng kasêrêg ing prakawis. Ing sapunika sampun karampungan prakawisipun, kadhêndha f 150.- utawi kakunjara tigang wulan.

Karampungan ukum pêjah. Miturut wartos Aneta, auditeur-militair ing pangadilan militèr ingkang mriksa prakawisipun Haji Muhamad bin Jaelan, inggih punika tiyang ingkang andombani prakawis amuk ing Tanjungpriok, nêdhakakên ukum pêjah dhatêng pasakitan wau.

Ngindhakakên sewan griya f 5.- kadhêndha f 250.-. Landrechter ing Surabaya mêntas ngrampungi prakawisipun nyonyah Walandi nama S. kadakwa ngindhakakên sewan griya f 5,- dakwa kadhêndha f 250.- utawi kunjara kalih wulan.

Kabupatèn Cilacap sampun 100 taun. Miturut wartos, dumugining tanggal 10 Juli kêpêngkêr, adêgipun Kabupatèn Cilacap sampun 100 taun. Ingajêng pancèn kawartosakên badhe kawontênakên paargyan, nanging jalaran saking kawontênan, namung badhe kawontênakên wilujêngan kemawon sapêrlunipun wontên ing kabupatèn.

Pamulangan Luhur Pangadilan. G.B.R.M. Kusèn, putra dalêm suwarga sampeyan dalêm ingkang wicaksana, lulus candidaatsexamen perangan kapisan ing pamulangan luhur pangadilan ing Bêtawi.

Wulangan ulah raga kaindhakan. Wiwit ing taun pangajaran 1940/41 punika wulangan ulah raga ing pamulangan têngahan, technische school tuwin ambachtschool dipun indhaki, ing dalêm saminggu dados tigang jam. Tumrap technische school ing klas tiga, ugi dipun wêwahi, nanging namung kalih jam. Indhaking wulangan ulah raga punika minangka lêlintu jalaran botên wontênipun wulangan basa Jerman, dados usulipun Commissie voor lichamelijke opvoeding. Tumrap wulangan punika ngawontênakên wêwahan guru 9.

Assistant-leeraar N.I.A.S. Tuwan Ciu Jauw Bing, Ind. Arts ingkang lulus saking N.I.A.S. kala ing wulan Mèi saha sampun wontên ing Surakarta, kadadosakên Assistant-leeraar wontên ing N.I.A.S. tuwin dipun dèkèk wontên ing C.B.Z. Surabaya ing babagan Verloskunde.

Klas ingkang dipun maligèkakên. Artillerie-Constructie-Werkplaats ing Bandung anindakakên pacobèn nyinau murid-murid saking pamulangan technisch nyambutdamêl ingriku supados sami mangêrtos dhatêng tataning padamêlan militèr ing babagan punika. Murid-muridipun ingkang kathah pêndhêtan saking Dick de Hoogeschool. Benjing wulan Sèptèmbêr, murid-murid wau sami kadadar saha lajêng wangsul dhatêng pamulanganipun, benjing satamatipun badhe nyambutdamêl ingkang ng kalangan militèr.

Inggah-inggahan ing Jawi Têngah. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi Têngah, R. Sukrisno, asistèn wêdana ing Kêdhu, Dhistrik Parakan, Kabupatèn Têmanggung, Paresidhenan Kêdhu, dados wêdana ing Kradenan, Kabupatèn Grobogan, Paresidhenan Sêmarang.

Golongan Pangrèh Praja ingkang malêbêt dhatêng Bestuursacademie. Ing sapunika sampun katêtêpakên, para pangrèh praja ingkang kaparêngakên sinau dhatêng Bestuursacademie satanah Jawi wontên 14, saking Jawi Wetan 7, saking Jawi Têngah 3 tuwin saking Jawi Kilèn 4.

A.M.S ing Makasar. Kawrat kêkancingan saking Dep. Pangajaran tanggal 28 Juli, wiwit tanggal 1 Augustus punika, ing Makasar kawontênakên pamulangan A.M.S.

Kukum jalaran nyalingkuhakên saha nyade dhinamit. Raad van Justitie ing Padhang mêntas ngrampungi prakawisipun t. P. kadakwa nyalingkuhakên dhinamit rêrêksanipun saha lajêng kasade dhatêng kapal Jerman ingkang nuju labuh wontên ing Padhang. Dakwa kukum kalih têngan taun.

Archipelzender P.M.H. santun P.L.J. Wiwit dintên Kêmis kêpêngkêr, Archipelzender P.M.H. kasantunan P.L.J. golflengte 20.50, rumiyin 45 mètêr.

Traos ingkang malêbêt dhatêng tanah Jawi. Traos saking tanah sabrang inggih punika Bagan Siapi-api ingkang malêbêt dhatêng tanah Jawi ing taun 1939 wontên 14 yuta kilogram langkung.

Nyonyah-nyonyah bangsa Jerman kadèkèk ing Grand Hotèl Blitar. Wontên wartos, nyonyah-nyonyah bangsa Jerman ingkang dipun singkirakên, badhe kadèkèk ing Grand Hotèl ing Blitar. Sadaya wontên tiyang 100. Ingkang dipun dèkèk ingriku golongan ingkang kacingkrangan saha ingkang kalairan Jerman utawi bangsa Jerman ingkang dipun biyantu ing Centrale Commissie voor de Werkloosheidsbestrijding. Nyonyah-nyonyah Jerman ingkang sanès bangsa Jerman, inggih punika ingkang asli saking tanah ngriki, botên badhe kaganggu damêl, kajawi manawi ngatingalakên anggènipun cocog dhatêng Jerman.

Kathahipun têtiyang ingkang bêtah padamêlan. Ing taun punika P.T.T. badhe ngawontênakên wulangan babagan post, namung badhe nampèni tiyang 25, wêdalan Mulo, lamining sinau 2 taun. Wusana gunggungipun ingkang nglêbêti wontên tiyang 1600.

Têtêp kakengingakên ambayar arta dhatêng Nirom. Miturut katrangan, ing sapunika tumrap kawula dalêm ing Kasunanan tuwin Mangkunagaran, sami kakengingakên Nirombijdrage, awêwaton tatanan enggal.

--- 897 ---

Malêman Sriwêdari. Ing wêkdal punika, sawarnining karamean, Pasar Gambir sapanunggilanipun, sami kasuwak, nanging tumrap Malêman Sriwêdari, badhe kawontênakên, angsal-angsalanipun ingkang 25% badhe kadarmakakên dhatêng Steunfonds nagari Walandi.

Sanatorium ing Pakêm. Ing wêkdal punika, sami-sami sanatorium, ing Pakêm, Ngayogya, kapetang ingkang agêng piyambak. Sagêd anampèni tiyang 150. Sanatorium punika tampi pambiyantu saking bêbadan warni-warni. Miturut palapuran, cacahipun tiyang ingkang manggèn ingriku, ing taun 1936 sabên dintên racak-racakipun 20, ing taun 1937 wontên 42, ing taun 1938 wontên 79 saha ing taun 1939 racak-racakipun sabên dintên 102.

Arta dêrma Krachtig Indhie Actie. Ing bab ada-ada enggal nglêmpakakên arta dêrma kangge nyantosakakên pajagèn tanah ngriki, kados ingkang dipun karsakakên ing panjênênganipun Mr. Spit, dumuginipun sapunika gunggunging arta dêrma sampun wontên f 600.208.18.

RINGKÊSAN PAWARTOS SAJAWINING PRAJA.

Inggris kalihan Prancis dèrèng pulih sêsambêtanipun (United Press Londen). Mayor James Dobbs pangawak kongsul Inggris dhatêng ing Nice prêlu suka pitulungan dhatêng têtiyang Inggris ingkang sami ndharat wontên ingriku. Miturut gotèk, pamarentah Petain sadèrèngipun nglilani wangsulipun kongsul Inggris wau mawi nêrangakên, bilih anggènipun nglilani punika botên kenging dipun anggêp bilih sêsambêtanipun Prancis kalihan Inggris babagan diplomatik sampun pulih. Punika botên babar pisan.

Kalangan ingkang kenging kapitados, nyariyosakên bilih Paul Morand ingkang ngrêmbag kabêtahanipun Prancis wontên ing Inggris (dados wêwakil partikêlir) kala wulan Juli wangsul dhatêng Vichy. Punika botên badhe wangsul dhatêng Londen malih manawi protèsipun Prancis dhatêng Inggris bab anggènipun Inggris nyêbar sêrat ibêran wontên ing Prancis, dèrèng dipun sukani wangsulan ingkang marêmakên.

Amerika badhe ngathahi pitulunganipun dhatêng Inggris (Reuter, Washington). Sawatawis dintên kapêngkêr Jendral Pershing damêl andharan wontên ing sêrat-sêrat kabar mrayogèkakên sangêt manawi Amerika purun nyade baita-baita torpedho ingkang sampun sêpuh-sêpuh dhatêng Inggris. Andharanipun Pershing wau umumipun sami dipun sayogyani ing sêrat-sêrat kabar.

Pitulungan dhatêng Tiongkok (Domei, Canton). Nalika dipun tanggap ing wêwakil s.s.k., stafofficer Jêpang ingkang mriksa kawontênanipun Indochina nêrangakên, bilih sadèrèngipun piyambakipun dhatêng kathah kapurantos pêrang ingkang calon kakintunakên dhatêng Chungking sami kadhêlikakên wontên ing pintên-pintên panggenan. Margi saking punika opsir wau gadhah pamanggih, manawi anggènipun badhe ngêndhêg ilining pitulungan dhatêng Chungking punika namung sarana mêpêti margi kemawon dèrèng cêkap.

Salêbêtipun kalih minggu punika (Lef, Londen). Kalangan ingkang kenging pinitados ing Londen, kawartos sampun angsal katêrangan, kintên-kintên salêbêtipun kalih minggu punika Jerman saèstu badhe nêmpuh Inggris.

Wêwakil Jerman ing Prancis (Havas, Clermont-Ferrand). Radio Paris nggiyarakên wartos, bilih Otto Albetz sampun kabênum Hitler kadadosakên wêwakil Jerman wontên ing Prancis.

Kathah ingkang pindhah dhatêng Bessarabie (Reuter, Bukarest). Miturut katêranganipun nayaka sajawining praja Rumenie, tiyang Rumenie ingkang pindhah dhatêng Bessarabie wontên 112.000.

Pamêtêkipun Jerman dhatêng Nederland (A.N.P. Londen). s.k. Svenske Pressen ing Finland ngêwrat karangan ngandharakên kawontênanipun nagari Walandi. Kacariyosakên yèn indhustri Nederland ingkang taksih mlampah namung ingkang kenging kangge nyampêdi kabêtahanipun Jerman. Pabrik montor mabur Fokker namung dipun angge ndandosi montor mabur Jerman ingkang risak wontên ing papêrangan. Wadyabala Walandi kabibarakên, punika njalari saya kathahing tiyang nganggur. S.k. Standard dipun awisi, margi ngêwrat karangan ngrêmbag buku karanganipun Dr. H. Colijn ingkang isinipun botên patos adamêl sênêngipun Jerman. Burgemeester ing Den Haag, Mr. S.J.R. de Monchy, kalihan Burgemeester ing Utrecht Mr. Dr. G.A.W. ter Pelkwijk sami dipun pocot.

C.E. du Perron tilar donya (A.I.D.). Wontên wartos saking Zwitserland nyariyosakên yèn C.E. du Perron tilar donya wontên ing nagari Walandi. (du Perron punika pujangga Walandi, misuwur namanipun, dangu wontên ing tanah ngriki, sarta misuwur supêkêting pasrawunganipun kalihan bangsa pribumi. Kathah ingkang sami ngintên manawi tilaripun du Perron punika botên jalaran sakit, namung margi saking pandamêling mêngsah).

Amerika inggih prêlu têrus sêsambêtan kalihan tanah Indhia (A.N.P. Londen). Institute of Pacific Relation sasampunipun nitipriksa lajêng nêtêpakên bilih tanah Indhia punika ing salêbêtipun taun 1939 dados sumbêring badhe indhustri Amerika ingkang nomêr 7. Amerika kaprayogèkakên sampun ngantos ngêculakên sêsambêtanipun kalihan tanah ngriki.

Opsir bala kaslamêtan kadakwa sêpiyun (Domei, Tokyo). Kanayakan papêrangan Jêpang nêrangakên yèn wontên opsir bala kaslamêtan bangsa Jêpang, cacahipun 7 sami kacêpêng margi kadakwa dados sêpiyun.

Jurnalis Jêpang kacêpêng (Reuter, Singapura). Toyoda, kongsul jendral Jêpang ing Singapura mitêrang dhatêng pangagêng Inggris ing Singapura bab sabab-sababipun jurnalis Kobayashi dipun cêpêng. Kalangan pangagêng Inggris nêrangakên yèn anggènipun dipun cêpêng punika namung miturut ungêling pranatan pananggulanging nagari.

Wadyabala Italie nêmpuh Somaliland bawah Inggris (Reuter, Cairo). Kala tg. 4 wadya Italie wiwit nêmpuh Somaliland bawah Inggris, ênêring lampah sabrêgada ngênêr Odweina, sabrêgada ngênêr Hargeisa, sabrêgada malih ngênêr Garagara. Prajurit Inggris têrus nanggulangi, sanajan Somaliland bawah Prancis sampun botên tumut-tumut.

Kêmis 8 Agustus.

Inggris kêkah sayêktos pajagènipun (United Press, Londen). Kolonel William Codovan kawartos dhatêng ing Inggris satêngah dados wêwakilipun Presidhèn Roosevelt, sangêt kêpranan manahipun sarêng sampun nyipati piyambak dhatêng pajagèn-pajagèn Inggris. Kacariyosakên bilih Inggris pancèn siyaga sayêktos.

Amerika mitêrang dhatêng Jêpang (Reuter, Tokyo). Wêwakil Amerika rêrêmbagan kalihan Mitsuoka, nayaka sajawining praja, prêlu mitêrang lêrês lêpating pakabaran ingkang nyariyosakên bilih Jêpang rêrêmbagan kalihan Prancis bab Indochina. Miturut katêranganipun Domei, Mitsuoka nêrangakên bilih pakabaran punika botên lêrês.

Têlik Jerman ing Turki dipun cêpêng (Reuter, Istambul). Wontên ahli barang kina tuwin mahaguru ing Ankara dipun cêpêng kadakwa dados têlik. Namanipun dèrèng kagiyarakên. Kathah ingkang sami ngintên ingkang kacêpêng wau têlikipun Jerman.

Prancis badhe dipun ringkês malih? (United Press, Londen). Ing Londen wontên kabar angin, nyariyosakên bilih Jerman sagêd ugi badhe ngêjègi 40% ning tlatah Prancis ingkang dèrèng kêcêpêng Jerman.

Wadya lautan Rusland ing sagantên Pasific (Reuter, Moskou). Radio Moskou nyariyosakên, wadya lautan Rusland ing Pasific (pusêripun wontên ing Wladiwostok) sami gladhi pêrang agêng-agêngan.

Tawanan Italie (Reuter, Cairo). Wiwit Italie tumut pêrang, kathahing prajurit Italie dados tawananipun Inggris wontên 808, jendral 1. Dene dêdamêl ingkang dhumawah ing tanganipun prajurit Inggris utawi ingkang karisak, mriyêm 16, bangsaning tank 15, tuwin obat mimis punapadene kapurantosing pêrang sanèsipun sawatawis.

Dipun bêsmi punapa kabêsmi (Reuter, Londen). Pabrik lisah ing Hoboken (Belgie) kabêsmèn. Miturut katêranganipun Jerman margi saking kiranging pangatos-atos. Namung wontên ingkang ngintên yèn anggènipun kabêsmèn punika dipun bêsmi tiyang Belgie ingkang botên rêmên dhatêng Jerman.

--- 898 ---

Waosan

Tumênggung Larasmiring

(anggitanipun Rr. Sudarmin)

4)

Midhangêt aturipun utusan, Panêmbahan Senapati gumujêng ngguguk, botên duka botên punapa.

Hêm, hla wing iya Si Dipa... pancène mono wong bêcik, wong kêndêl, nanging barêng ana cacade § Barata kêdhaton = untunipun ngajêng ingkang nginggil bênggang nisih ngiwa nêngên. . bêlak kêdhaton", sok cidra kaya ngono kuwi."

Panêmbahan Senapati lajêng rêrêmbagan kalihan Adipati Mandaraka. Saking karsanipun badhe tumuntên utusan salah satunggaling pangeran ingandikakakên nyêpêng Tumênggung Larasmiring, ananging Adipati Mandaraka inggih botên nayogyani, kamanah dede tandhingipun Larasmiring dipun bên kalihan Pangeran ing Mataram. Saking rêmbagipun Adipati Mandaraka, prayogi manawi Panêmbahan Senapati ngutus abdi gêgêdhugipun Pangeran Purubaya, inggih punika pun Darga. Ing nalika samantên pun Darga sampun umur 22 taun, kawantêran saha kakêndêlanipun misuwur satlatah Mataram.

Darga lajêng dipun timbali, dipun dhawuhi mandhegani prajurit ingkang sampun wontên ing tlatah Nganjuk, nyêpêng Tumênggung Larasmiring. Saking dhawuhipun Panêmbahan Senapati, sampun ngantos Larasiring dipun aturakên kuwandhanipun. Ing dintên punika ugi pun Darga kadadosakên bupati tumbakkêncêng, dipun paringi nama Tumênggung Sêcapura.

Enjingipun Tumênggung Sêcapura mangkat. Dumugi ing Nganjuk têmpuk kalihan prajurit Mataram. Kèndêl sakêdhap lajêng sami nêrusakên lampahipun mangidul dhatêng Kranggotan.

Adipati Sêcayuda botên nglêgewa manawi tumuntên kagêbag wadyabala Mataram. Ing wanci sirêp lare, Sêcayuda kalihan para abdi agul-agul ing Kranggotan taksih sami suka-suka wontên ing griyanipun Kyai Kranggotan. Kêjawi sami nêdha eca inggih sami gar-gêr gêgojegan. Para gêgêdhug sami sêsongaran ngumukakên kalangkunganipun piyambak-piyambak. Sadaya sami kaladuk anggènipun ngêndêlakên kasêktèn lan kêdhotanipun. Wontên ingkang sêsumbar: "Hêm, nèk aku kiye, ambakna wis rada rêmpiyêk-rêmpiyêk kaya ngene, nèk mung mungsuh senapati Mataram bae, lima tandhinge." Wontên ingkang sumambut: "Iya, kang, mula iya ngono. Nèk aku, rong jinah taktandhingi tanganku kiwa." Wontên malih ingkang mêndhêt dilah, brêngosipun dipun obong, kalihan wicantên: "Lo, dêlêngên iki! brêngosku bae diobong ora mêmpan. Mendah iba kulitku... "

Wanci sawung kluruk sapisan, wontên bêndhe ngungkung. Lajêng sinarêngan ing surak mawaruhan. Prajurit Mataram ambyuk dhatêng ing griyanipun Kyai Kranggotan, ngamuk punggung. Sêcayuda saabdinipun bingung, botên kantênan tandangipun. Sêcapura tanpa mawi ringa-ringa lajêng mlumpat nêbak Sêcayuda, karukêt purun. Sêcayuda sawêg badhe grayah-grayah ngunus dhuwung, tanganipun kasamplak, dhuwung mancêlat têbih. Sêcayuda lajêng kapikut.

Prajurit Mataram ingkang kalih pratigan katilar wontên ing Kranggotan, kapurih nata tata têntrêm ing ingriku. Dene Tumênggung Larasmiring dipun kêndharat kacancang ing kapal, kabêkta dhatêng Mataram.

Mirêng kabar yèn Tumênggung Sêcapura unggul juritipun, têtiyang ing kitha Mataram sami bingah. Ing wanci enjing kathah tiyang ingkang sami dhatêng alun-alun badhe ningali Tumênggung Sêcapura anggènipun nyowanakên Tumênggung Larasmiring.

Lampahipun Tumênggung Larasmiring sêmpoyongan, kabêkta saking sayah aripipun. Rainipun pucêt, tansah tumungkul botên purun ngingêtakên tiyang ingkang sami ningali. Têtiyang sadaya botên wontên ingkang wêlas, malah kathah ingkang nyukurakên.

Ya kaya ngono kuwi wêwalêse wong mêndêm kaluhuran, nganti direwangi cidra mênyang gustine. Makatên lokipun têtiyang ingkang sami ningali. (Wontên lajêngipun).

--- 0 ---

No. 32, 9 Augustus 1940, Taun XI

TAMAN BOCAH

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CÈNTRUM. RÊGANE SATAUN F 1.50 KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK. LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN

JIMAT MARAKAKE KÊNDÊL

Sang Daruna kajaba ajar nunggang jaran iya ajar nyêkêl gêgaman. Gaman apa bae, dijlajahi kabèh. Yèn nuju anggar tansah ngelingi: "Sing nganggo jimat iki mundhak digdaya, dadi ya ora bakal kêtaton." Barêng nuju olah gêgaman kêtaton têmênan batine: "Eee, dene ora lara."

Sang Daruna saya suwe kêndêlsaya kêndêl. lan saya trêngginas tandange, nganti ora ana sing bisa nandhingi. Guru-gurune nganti padha trima kalah. Ning iku yèn sabuke ora lali.

Wis tau arêp balapan jaran sabuke digolèki ora ana. Mangka Sang Daruna iya arêp ngêtoni. Njur sidane, mangkat ora nganggo sabuk jimat. We, la, apa ya wani ya kirane? Ndilalah jarane wae kok ya beka. Bola-bali ngadêg lan mengkal-mengkal bae. Ning tujune Sang Daruna ora kontal. Ewasamono, wong ya panggalihe tansah kêtir-kêtir, dadi barêng balapan anggone mlayokake jarane iya sajak minggrang-minggring, kèri karo kanca-kancane. Mangka ora balapan mlayu lumrah, nganggo nglumpati pagêr, dhadhah lan jugangan barang. Barêng arêp nglumpati dhadhah rada dhuwur jarane ujug-ujug, êmbuh kêna apa, kok mak kringkêl, ambruk barêng karo sing nunggangi. Sang Daruna trêngginas mêncolot, nanging ya mêksa rada isin, mula banjur enggal-enggal nyemplo manèh. Tekade mêtu. Jaran liya-liyane sadhela kêtututan. Tibake malah banjur bisa mênang dhewe.

Dina iku barêng Sang Daruna mlêbu ing kamar pasarean, jêbul sabuke sumampir ing rana. Iya rada gumun wong maune gênah yèn ora ana ing kono. Ning njur mbatin: "Wong ya jimat, dadi mêsthine iya sok ngilang barang."

Kacarita, ana warta, nêgara Sokasari kêtêkan mungsuh, sang prabu uwis sêpuh. Sing kapasrahan mêthukake mungsuh kyai patih, iya uwis tuwa. Wong-wong akèh sing padha ngili mênyang nêgara Wanarata. Critane wêrna-wêrna. Jarene mungsuhe tandange nggêgirisi.

Nuju sore-sore, ana utusan saka Sokasari. Sang Prabu Sokasari mundhut tulung ngundurake mungsuh. Yèn ora ditulungi mêsthi kalah.

Sang Prabu Wanarata enggal nimbali Sang Daruna, didhawuhi dadi têtungguling para wadyabala.

Saiki jajal, pancèn wis baut tênan apa durung maju pêrang. Aja gawe isin marang aku lan ibumu.

Sang Daruna munjuk sêndika, banjur budhal didhèrèkake wadyabala. Tibake barêng têka Sokasari ora parêng tumuli mangkat. Didhawuhi ngaso dhisik. Barêng wis olèh têlung dina ditimbali nèng ngarsane sang nata sêkalihan. Sang pramèswari ngêndika: "Daruna, mula kowe dak undang, sanyatane aku arêp walèh marang kowe, marga kowe satêmêne mêntas kapusan. Dene sing ngapusi ora ana liya iya aku iki, eyangmu."

Sang Daruna arêp nyêlani, eyange mung mèsêm bae.

Iya, tênan, kowe dak apusi. Nanging wong karêpku bêcik dadi rumangsaku ya ora dadi apa. Jimatmu iku satêmêne mung jimat ethok-ethokan. Sajatine jimat kaya ngono kuwi kowe iya uwis duwe wiwit kowe bayi cêngèr.

Sang Daruna ngiling-ilingi sabuke, karo diêmèk-êmèk.

Coba wènèhna rene.

Sabuk diaturake. Dondomane njur didhèdhèlDilanjutkan pada dua halaman berikutnya, setelah tanda garis.

--- 0 ---

[Grafik]

K.N.I.L.M.

Anyar iki Bêtawi udhun-udhunane (sêtasiune) montor mabur wuwuh siji. Diarani vliegveld "Kêmayoran". Wong ya padha ora bisa nonton dhewe, dadi ya cukup dak tuduhi gambare wae ya cah.

Sing nèng sisih kiwa iku kandhange. Njur omah gêdhe kuwi sêtasiune. Wèh, kok kaya sêpur bae ya cah, ana sêtasiune barang! Biyuh sing nonton, akèhe nganti kaya sêmut. Wong tênan lo kuwi. Motore kuwi ya motor tênan, dudu motor dolanan!

Gambar ngisor kuwi motor mabur jèjèr-jèjèr, sajake gênti nonton wong nonton. Apa ayake lagi ngaso ta ya? Ayake nèk duwea nyawa ngono ya kêsêl, wong bola-bali dijajal!

--- 0 ---

BABAD TANAH JAWA

(Dongèng Panji, êntèk)

Dhèk Jumuah buri dongènge têkan Sang Prabu Kêdiri mundhut pamrayoga marang kyai patih, prakara anggone arêp ngundurake mungsuh, marga Dèwi Sêkartaji dilamar Prabu Gajah Ngunangun, nanging Sang Prabu Kêdiri ora marêngake. Kèlingan, cah, kowe? Wusana ature kyai patih: "Gusti, kula mirêng, bilih ing wetan nagari ngriki wontên satriya sêkti mandraguna sawêg lêlana, kêkasih Klana Jayèngsari. Kathah para ratu ingkang sampun têluk. Prayoginipun mundhut tulung dhatêng satriya punika, tamtu botên badhe kasoran pêrangipun."

Sang Prabu Kêdiri dina iku uga utusan punggawa loro: Sawunggaling lan Sawungsari, nggawa layang nyang alas sing sikandhakake kyai patih mau. Tênan, ing kono bisa kêtêmu karo Klana Jayèngsari. Layang diaturake. Dene surasane, Klana Jayèngsari dipundhuti tulung ngundurake Ratu Mataun. Yèn bisa ngalahake Ratu Mataun, bakal diganjar Dèwi Sêkartaji. Sawise layang diwaca, Klana Jayèngsari banjur rêmbugan karo Kêbo Pandhoga. Kêbo Pandhoga mupakat bangêt.

Klana Jayèngsari iya nurut, banjur padha mangkat.

Kocapa Ratu Dhaha, barêng mirêng Klana Jayèngsari têka, bungahe tanpa upama. Panampane kanthi pakurmatan gêdhèn. Sawise ngadhêp, sang ratu dhawuh mangkene: "Iya, radèn, rama bangêt bungahe. Bagea satêkanira. Rama tulungana. Tambakên nagara Kêdiri, gêdhe ganjarane. Sêkartaji pancène wus dakpacakake karo Panji Kuda Wanèngpati, putra nata ing Jênggala, nanging Panji saiki wis tumêka ing pati."

Klana Jayèngsari mèsêm krungu pangandikane Sang Ratu Daha mau, mbatin atine: "Ah ora mati ora barang Panji Kuda Wanèngpati, ya aku iki sing jênêng Panji."

Klana Jayèngsari, Ragilkuning apadene Kêbo Pandhoga, disadhiyani pasanggrahan sarwa asri. Dèwi Ragilkuning njur ditêmokake kambi Dèwi Sêkartaji, Dèwi Ragilkuning kagèt bangêt, dene rupane Dèwi Sêkartaji plêk kaya Dèwi Angrèni. Barêng kêtêmu karo Klana Jayèngsari iya banjur matur yèn Dèwi Sêkartaji rupane kaya jambe sinigar karo Dèwi Angrèni, dalah sapolah-tanduke pisan iya plêk. Klana Jayèngsari wusana tumuli akon tata-tata pêrang marang Kêbo Pandhoga. Kêbo Pandhoga matur sandika.

Esuke mangkat pêrang. Mungsuh nêmpuh saka lor, kulon, lan kidul. Suwarane surak wong pêrang lan suwarane campuhing gêgaman, suwarane bêndhe lan tambur gawe mirise uwong-uwong ing padesan. Padha mlayu pating blulung. Pêrange nganti pirang-pirang dina, lèrène mung yèn bêngi. Wadyabala akèh kang nêmu tiwas. Wusana wadyabala Mataun kêna diundurake, nanging banjur maju manèh dipanggêdhèni Sang Prabu Mataun piyambak. Saiki gênti wadyabala Kêdiri sing kêplayu, wong ya pancèn digdaya Ratu Mataun.

Esuke Klana Jayèngsari mêtoni pêrang. Dèwi Andayaprana ora gêlêm kèri. Mèlu pêrang nunggang gajah. Malah ndhisiki mêthukake mungsuh. Sadhela bae dikrubut balane Ratu Mataun, mèh bae kuwalahên, tujune banjur ditulungi Klana Jayèngsari. Wusana sing padha ngroyok padha mlayu matur ratune yèn Klana Jayèngsari iya wis ngêtoni. Ratu Mataun banjur marani panggonane mungsuhe. Dhisike pêrang tandhing nganggo tumbak. Tumbake Ratu Mataun ditangkis Klana Jayèngsari mêncêlat. Sang Raja Gajah Ngunanun banjur narik pêdhang, pêdhang ditampèl nganggo tangan bae. Raja Mataun nantang pêrang tandhing ana ing lêmah, anggar nganggo kêris, iya diladèni. Wusana Ratu mataun disuduk nganggo kêrise Klana Jayèngsari jênêng Kalamisani, ambruk, mati sanalika. Surake bala kaya jumêguring gunung njêblug. Wadyabala Mataun padha mlayu pating kêdandap.

Klana Jayèngsari sida dhaup karo Dèwi Sêkartaji, nanging Dèwi Sêkartaji ora patia katon bungah marga kèlingan pacangane: Panji Kuda Wanèngpati, wong ora wêruh yèn Klana Jayèngsari iku iya Panji Wanèngpati utawa Ino Kartapati. Nanging banjur dikandhani dewa, yèn garwane iku iya pancèn Panji.

____________________

[Lanjutan dari: Jimat Marakake Kêndêl]

karo sang pramèswari. Tibake ing jêrone ana godhonge lontar garing. Godhong mau diparingake marang ingkang wayah, karo ngêndika: "Yèn sabuke mono sabuk lumrah. Godhonge iya godhong lontar lumrah. Mung têmbung sing ditulis, iku sing kudu dadi jimatmu. Kowe dhewe rak iya wis duwe ta. Jajal wacanên. Ya ora? Yèn wis kowaca godhong lontare obongên, karo sabuke pisan. Kuwi ana gêni."

Ing sacêdhake kono wis disêdhiyani anglo. Sang Daruna nampani godhonge lontar, njur diwaca. Unine jêbul... "TATAG".

Godhong lan sabuk sidane iya diobong. Nanging Sang Daruna mêksa bisa ngalahake mungsuh, marga wong ya pancèn dhasare panggalihe tatag.

Mangsuli Layang

Cah, kira-kira wis ana saminggu kowe padha mlêbu sêkolah manèh, gêla ya, ah mêsthi orane, wong kêponakanku padha srêgêp-srêgêp sinau kok. Liburane wis bar iya malah sênêng, kaya Sumaryo, Gang Budding, Bêtawi, jarene bêngine klisikan angèl bisane turu, marga esuke arêp wiwitan mlêbu nèng Mulo. Olèhe klisikan mau, mikir-mikir: "Wah kaya apa rasane dadi murid Mulo, ayake wae sênêng, diwulangi Inggris barang, tur bakal olèh kanca anyar akèh."

Tênan, barêng wis kalakon, sênênge ora jamak tampa buku pirang-pirang lan sadhela wae iya wis sugih mitra. Sum, bukune iya aja mung disawang wae, kudu disinau.

Nèk Sumbono, Mr. Cornelis, lagi sênêng, ngrasakake entuk guru anyar "Juffrouw" tur jarene ndêmênakake. O, pancèn, sing akèh yèn juffrouw mêsthi ndêmênakake, kaya Bu Mar, upama dadi guru mêsthi ndêmênakake, ora kêrêng, alus kaya sutra; ngandêl kowe, cah, mêsthi orane. Bu Mar dhewe iya ora ngandêl, ki, mêsthi kosokbaline. Apamanèh yèn dadi gurune Sumbono, Sumbono mêsthi warêg ukuman (straf). Lah kapriye, nèng jêro klas jare mangan ijslilin, ijslilin dilêbokake nèng jêron bangku, njur nêlêsi buku-buku.

Yèn Bu Mar sing dadi gurune, mêsthi dikon ngadêg nèng pojokan, tangane ndhêpaplang nyêkêl ijslilin, nganti sakolahan bubar. Nanging Sumbono wis janji, dhing, karo Bu Mar, jarene sanajan ora didukani, iya wis kapok, rumangsa salah. Iya sukur, yèn ngrêti kaluputane dhewe.

Nèk Sumitro, Surabaya, jarene ora tau nakal, ning adhine nganyêlake doyan bangêt gêlut. Lagi dilêbokake sêkolah sadina bae wis gêlut ping pindho. Têlung dinane kancane saklas ditantang gêlut kabèh. Barêng dikroyok, mlayu mulih, saiki durung gêlêm sêkolah manèh. Wêdi mêsthine. Mulane kêponakanku aja padha sok dhêmên gêlut, mêngko nèk dikroyok, mundhak kaya adhine Sumitro. Barêng Susiyati, Purworêjo, saiki lagi dadi babu, sabên esuk ngêtêrake sêkolah adhine, tur kudu ditunggone.ditunggoni. Yèn ditinggal jarene nangis. Ya wis lumrahe, Ti, mêngko nèk wis têpung karo kanca-kancane rak mari wêdi, njur wani mangkat sêkolah dhewe. Kowe biyèn mêsthi iya ngono, malah ora gêlêm sêkolah babar pisan. Nèk wayahe mlêbu, njur budi, guling pisan; gêlêm mangkat, yèn digendhong êmbok êmban; iya, Ti? Ora dhing, Bu Mar mung mbeda bae, aja brêngut.

Yèn sêdulurmu S. Kapti saiki wis ora ngrêmbug bab sêkolahan, wis lawas nèng ngomah. Saiki lagi bungah-bungah, imbuh adhi wedok, tur ayu bangêt jarene. Ethok-ethoke dhèwèke lagi dadi vroedvrouw, esuk sore ngrumati adhike anyar, ngêdusi, nganggoni klambi, ndulang lan liya-liyane. Ning sanajan bungah-bungah mangkono, uga ana gêtune, adhine, K. Tied ora munggah lan adhine lanang èksamêne ora entuk.

Kapti, ora munggah saiki, ora entuk èksamêne saiki, mbokmanawa taun ngarêp bisa. Aja dipaido, mundhak cilik atine.

Sumaryo, Japara, ngandhakake kamase, Suparto, jarene ora munggah, Sumaryo munggah klas 5, SumartoSuparto. isih nèng klas 4, ewadene Suparto jarene isih nakal bangêt, wis tau dithothok karo kamase nganti mringis ora kapok. Karêpku Sumaryo bae sing kudu ngalah, ugêre Suparto ngglidhig, bêcik ditinggal lunga. Kaya Sumarno, Karanganyar, iya mêngkono, karo sadulure pijêr arêp têtukaran bae. Yèn pinuju nêsu nyêkêl apa-apa iya njur disawatake. Ning kakangne, Sukarno, ngrêti watake adhine, ugêre wiwit buda-budu, njur ditinggal lunga, Sumarno saiki jarene wis rada marèni. Dene Sugiyatun, Trnggalèk,Trênggalèk. sing ora duwe adhi, kapenging bangêt duwe, prêlune njur kêna diajak gojèg. Apa manèh anyar iki wis mêtu saka M.N.S. kulina nèng internaat pirang-pirang kancane, njur nèng omah tanpa kanca siji-sijia, dadi iya njur rumangsa sêpi bangêt.

Tun, la iya saiki salin, bapak ibu dianggo kanca, mêngko yèn wis entuk pagawean, rak njur sugih kanca manèh.

Bu Mar.

CÊMÈNG PINTÊR

[Grafik]

E, lah, kêpontal-pontal, nèk ora duwe akal.

Kono sing gêdhe-gêdhe, amba jangkahe.

Lah kene iki, angèl le nututi.

Atri ana grobagan, kêna nggo tunggangan.

Dakjlogane, rak mlaku dhewe.

Kêna nggo ngoyak, playune bapak.

Nyokot buntut, mêsthi njur katut.

--- 0 ---

[Iklan]

--- 0 ---

[Iklan]