Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-04, #1669

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1940, #1669
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-01, #1669. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1530.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-02, #1669. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1529.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-03, #1669. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1528.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-04, #1669. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1527.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-08, #1669 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1526.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-09, #1669. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1525.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-10, #1669 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1524.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-11, #1669. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1523.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-12, #1669. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1522.

--- [365] ---

Ôngka 28, Ju Lê, 26 Sapar, Dal 1871, 5 April 1940, Taun XV.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Slasa lan Jumuwah

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Saribasa - Sêsambêtanipun Nagari-nagari Salumahing Jagad - Jagading Wanita - Ngubêngi Rêdi Mrapi - Wêwaosan - Kabar Warni-warni - Taman Bocah.

Saribasa.

Pati lan Urip.

Kowe durung wêruh marang uripmu, sabab apa têka kêpiyêng-piyêng arêp nyumêrêpi prakara pati.

Wong kang uripe tanpa tônja, iku padha karo uwong kang mati ênom.

Sing sapa tata uripe, mêsthi iya tata patine.

Uwong mati, kang isih tak anggêp urip, ora tau tak tangisi. Kang dak tangisi, uwong urip sing uwis tak anggêp mati.

Akèh uwong urip kang ora kobêr ngrêmbug uripe, jalaran kakehan anggone ngrasakake marang patine.

Sing sapa wani urip, mêsthi iya ora wêdi mati.

Rèhning uwis padha mangrêti, yèn urip iku bakal pinada ing pati, mulane kudu padha nanjakake uripe.

Ing sajroning urip, akèh prakara kang nyêdhihake. Marga saka iku têrang bangêt, yèn wong urip iku kudu duwe kakêndêlan kang gêdhene ngungkuli ênggone wani mati.

Lêlakoning manungsa iku kang baku ana têlu: lair, urip, lan mati. Ênggone lair ora krasa, wêruh-wêruh uwis ngrêti yèn kudu mati. Yèn uwis mati, lali marang uripe.

Wong urip iku kaya wong main kêrtu. Aja pisan-pisan ngêndêlake cêkêlanmu. Êmbuh ala êmbuh bêcik, lakokna sabisa-bisamu.

Wong urip iku bisane sênêng marang uripe nganti kaya ana ing pangimpèn kae, kudu tumandang ing gawe, aja mung turu bae.

--- 366 ---

Sêsambêtanipun nagari-nagari ing salumahing jagat.

Embargo - Jus Angariae (Recht van Angarie).

[...]teks hilang (dan ditempat lain).

tos bab horêging bawana [...], para maos tamtunipun kêrê [...] guli têmbung Embargo, kados upaminipun, Amerikah ngawontênakên: embargo dêdamêl (wapen embargo). Pikajênganipun têmbung embargo ingkang makatên wau, limrahipun namung atêgês: ngawisi lumêbêt utawi mêdaling barang-barang sawatawis. Kala ngajêngakên pêrang, Amerikah ngawontênakên awisan, kawulanipun sami dipun awisi nyade dêdamêl dhatêng nagari-nagari ingkang sawêg pêrangan, makatên punika dipun wastani wapen embargo. Awisan makatên punika samangke sampun dipun suwak, dipun gantos pranatan cash and carry, sintên ingkang sagêd ambayar kenging tusbasteks hilang (dan ditempat lain). dêdamêl dhatêng Amerikah, waton dipun bêkta piyambak, botên mawa baita Amerikah.

Wontên ing anggêr intèrnasiyonal, têmbung embargo punika botên namung makatên punika kanggenipun. Embargo punika pikajênganipun ingkang baku (ing anggêr intèrnasiyonal) inggih punika: nahan baita ingkang sawêg labuh wontên ing salah satunggaling nagari. Tindak makatên punika, manawi namung kangge malês (represaille), kaanggêp ngadil, mila botên nama nyimpang saking anggêr intèrnasiyonal. Namung anggènipun nahan wau botên kenging lajêng dados andhaku, samôngsa nagari ingkang gadhah baita wau sampun mantuni tindakipun, utawi sampun suka pamarêm dhatêng nagari ingkang nindakakên pamalês wau, baita ingkang dipun tahan kêdah tumuntên dipun mardikakakên.

Ing jaman rumiyin, manawi wontên nagari kêkalih ingkang pasulayan utawi badhe pêrang, baita-baita gadhahaning mêngsah, samomotan dalah sabêbaunipun, lajêng dipun dhaku sarta têrus dipun darbèki. Tindak embargo makatên punika, ing pawingikingipun kaanggêp kirang adil, gampilanipun kaanggêp tindak ingkang nyimpang saking ugêr kamanungsan. Mila wontên ing prajangjian ing 's Gravenhage kala ing taun 1907, lajêng kapranata sae, manawi badhe wontên pasulayan agêng, baita-baita dagang ingkang sawêg sami labuh wontên ing tlatahipun nagari ingkang badhe pêrang, sawatawis dintên sadèrèngipun tapuk pêrang kêdah sami kakengingakên bidhal lêlayaran. Ananging cak-cakanipun, anggêr utawi prajangjian makatên punika namung tumrap dhatêng nagari-nagari ingkang sami tumut nôndhatangani prajangjian ing 's Gravenhage wau. Malah ing nalika pêrang agêng ing taun 1914-1918, nagari-nagari ingkang sami nôndhatangani prajangjian wau, inggih lajêng botên sami nuhoni kasagahanipun, jalaran pêrang makatên bakunipun namung: waton sagêd mênang, dados bab prajangjian [prajangjia...]

--- [367] ---

[...n] utawi bab anggêr intèrnasiyonal punika lajêng kêrêp dipun anggêp rante ingkang namung awujud swara.

Kala pêrang donya, prakawis ambêskup baita punika malah lajêng saya andados, baita-baitanipun nagari netral inggih wontên ingkang lajêng dipun bêskup utawi dipun dhaku sawatawis dangunipun. Tindak makatên punika kalêrêsipun lajêng nama nindakakên padatan kina, inggih punika ngêcakakên Jus Angariae (Recht van Angarie), ingkang kêrêp katindakakên ing salêbêtipun abad kaping pitulas. Miturut padatan kina, nagari-nagari ingkang sawêg pêrang, môngka kakirangan baita, punika wênang ambêskup baitaning nagari sanès ingkang botên tumut pêrang, lajêng pinêksa kapurih momot prajurit sakapurantosing pêrang kanthi pituwas wragad utawi lêlintuning kangelan. Dene manawi botên purun miturut, inggih lajêng dipun bêskup sapunapa-punapanipun.

Sampun têrang tindak ingkang makatên punika nama botên adil, sarta nyimpang saking raos kamanungsan. Ing jaman enggal, Recht van Angarie punika lajêng dipun ewahi sipatipun. Nagari-nagari ingkang sawêg pêrang, manawi prêlu sarta margi kapêksa sangêt, kangge nanggulangi mêngsah utawi kangge nêmpuh mêngsah, gadhah wênang ngangge utawi ngrisak barang gadhahaning nagari netral ingkang wontên ing wêwêngkonipun, wontên ing tlatahing mêngsah utawi ing satêngahing sagantên, wawênang ingkang makatên punika, dumuginipun sapriki dèrèng gumathok. Sawênèhing nagari amastani, manawi Recht van Angarie punika padatan kina, ingkang sampun kaanggêp botên tumindak. Ananging kala pêrang agêng taksih wontên ingkang nindakakên, dene ingkang ngrumiyini Amerikah. Kala tanggal kaping 20 Marêt 1918, Amerikah ambêskup baita Walandi 77 ingkang sawêg labuh wontên ing laladan Amerikah kanthi kasagahan ambayar karugian. Inggris, Prancis, Itali inggih lajêng sami niru tindakipun Amerikah wau. Anamung ingkang têrus ngêcakakên Recht van Angarie wau namung Amerikah piyambak, sarta sarêng sampun bibar pêrang, baita-baita ingkang dipun bêslah wau lajêng sami dipun wangsulakên dhatêng ingkang gadhah.

[Iklan]

Tumraping jaman samangke, Recht van Angarie cara enggal wau, taksih têtêp dados pitakenan. Bab anêtêpakên wontên-wontênipun, tumraping môngsa pêrang kados makatên punika, namung dumunung dhatêng kalantipanipun nagari piyambak-piyambak.

Pd.

--- [368] ---

[Iklan]

--- 369 ---

[Teks hilang]kêmbên punika bakuning badhenipun mori wiyar (mori sinjang) 2½ kacu dipun sigar mujur dados kalih. Sasigaripun punika ingkang kasêrat kangge kêmbên, manawi kangge kêmbênan sagêd dados pintên-pintên ubêt. Ubêt wau saya kathah saya prayogi, tuwin kêmbên ingkang panjang, punika prêlu nglunggèni manawi ingkang kêmbênan lêma, mêksa taksih sagêd angsal ubêt kathah, awit kêmbênan ingkang kirang

[Teks hilang]

kajawi nyakecakakên anggèning matrapakên (ngubêtakên), trapipun wontên ing badan inggih sagêd sae. Dados cêthanipun botên beda kados tiyang sêtagenan ingkang pampunsampun.

gulungan, cakipun sakeca tuwin sagêd madhêt. Nanging bab kêmbênan wau manawi sampun apal ubêdipun (saking sampun kêrêp dipun angge), inggih kenging lajêng têrus dipun trapakên, awit lêmpitan kêmbê-

--- 370 ---

[Grafik]

Ing Kajawèn mêntas ngêwrat ing bab gambaran potrèt ingkang dipun wastani sae, ngantos angsal pangalêmbana ing pasayêmbaran donya, inggih punika damêlanipun Radèn Mas Sutarta ing Suakarta.

Ingkang kacêtha ing gambar punika, garwanipun èrtoh Gloucester ing Londhon, damêlanipun juru gambar Cecil Beaton.

Juru gambar punika sarêng sampun misuwur dêdamêlanipun, lajêng kathah para wanita ingkang kasêngsêm dhatêng gambaranipun, wusana andadosakên misuwur saha kasugihanipun.

Pancèn nyata gambaran potrèt ingkang sae, sêngsêmipun wontên ing sawangan araos gêsang, sagêd mêlokakên kasulistyaning wanita.

Tumraping para ahli anggambar potrèt, manawi manggih gambaran ingkang sae, panujuning manahipun lajêng katingal, saha lajêng sagêd jêmbar kawruhipun. Makatên ugi sanadyan tiyang limrah, samôngsa sumêrêp gambar sae, botên marêm ningali sacleretan.

__________

[lanjutan dari hal. 370]

n punika panglêmpitipun sampun dipun angkah murih sakeca manawi dipun trapakên.

Angèlipun tiyang kêmbênan, punika wontên ing traping kêmadha tuwin têngahan (cêmukirang), awit kêmadha tuwin têngahan wau ingkang dipun tata murih saenipun. Kêmadha punika wontên warni kalih, kêmadha limrah tuwin kêmadha sungging. Dene têngahan punika wontên ingkang jêjêg tuwin bengkok, saha wontên ingkang dipun têhi sutra. Manawi têngahan sutra langkung ngatos-atos anggènipun matrapakên.

Sawêg wiwit badhe kêmbênan kemawon sampun kathah clêkunikipun. Nanging sajatosipun manawi sampun ngêcakakên, sakeca kemawon.

--- 371 ---

Ngubêngi Rêdi Mrapi

II.

Garèng : Barêng uwis tutug ênggonku ambarang ngobrol ana ing Nyoja, aku banjur anggênjrèt mênyang Sala. Huwèh, Truk, olèh pasawangan anyar.

Petruk : Ambêt sampeyan, Kang Garèng. Anaming wêruh Sala bae olèhe gupruk nganti kaya wêruh nagara Paris.

[Grafik]

Garèng : Hla wong arang-arang mingsêd sêka kandhang, kok, Truk. Beda karo sing gawene ngalaya-ngaluyur kaya jêngandika kuwi. Nèk kowe, Sala kuwi mêsthine mung kopadhakake jrambah, têgêse pijêr kok ambah bae. Èjrèg-èlèr ... Solo. Jare arêp tirah mênyang hawa adhêm, ... Solo. Malêm Ngahadan, ... Solo. Ananging, saking kêrêpe sêsaba mênyang Sala, Sala kuwi banjur kok anggêp limrah mawon, ora ana pasawangan kang pantês dirasakake lan digumuni. Nèk ditakoni kaananing kutha Sala, sing diapali bangêt ming Losmèn Têntrêm, Rèstoran Malang, Karsana, Imron, Sriwêdari. Beda karo aku, ênggonku mênyang Sala ming pêndhak gludhug, dadi iya akèh prakara kang dak gumuni têrus ing balung sungsum.

Petruk : Ora susah banyak bicarah, ana ing Sala apa sing kok gumuni. Sala karo Nyoja kuwi rak sami mawon. Hara, apa bedane. Sakarone, padhadene adiningrate. Padhadene dadi pusêring kabudayan Jawa lair batin. Padhadene dadi kêdhunging basa lan takrama Jawa kang alus bangêt. Ing pakampungan padhadene okèh gamêlane, okèh tekone pusaka, okèh kutute karo cocakrawane.

Garèng : Iya, pancèn mèh padha. Kretane barang iya padhadene arodha papat, kok. Ning na, mêksa iya ana bedane. Surakarta isih têtêp adiningrat, barêng Ngayogya, wiwit tanggal sitok Marêt kae diêlih karo Kangmas Bramana ing sêdyatama, dadi hayuningrat.

Petruk : Digantia hayu barang kae, kaanan karo isine rak iya isih ajêg. Ora Kang Garèng, sabênêre bae, ana ing Sala sing kok gumuni bangêt apa.

Garèng : Wah, okèh bangêt, Truk.

--- 372 ---

Sing rada cumithak bangêt ana ing atiku, bab undhaking uwong dhêmên maca. Aku jalan-jalan saka prapatan Cayudan mangalor, urut dalan sing akèh tokone batik kae. Sing padha tunggu dagangan, mèh kabèh bakul mudha, cara kêmbange mono lagi nêdhêng-nêdhênge mêgar. Pasang rakiting dagangan, isih ketok cara kuna, ananging sing padha tunggu, jan uwis gagrag anyar têmênan. Dhèk cilik-cilikanku, bakul-bakul kuwi yèn padha tunggu dagangane, mêsthi ming tênguk-tênguk lumrah. Saiki ora. Akèh sing padha nyambi maca buku utawa kalawarti. Wêruh kaya ngono kuwi, atiku melu mantêp. Rèhning ing kono ana sing lagi maca Kajawèn, aku banjur tekadan arêp tuku jarit, prêlune bisaa kênal. Supaya ketok kaya wong mônca tênan, olèhku gunêman cara sundha tulèn -: kumaha tê kagungan sinjang grompol thèk anupang sae na - bakul mudha mau anjêngginggat kagèt, thingak-thinguk ora ngrêti gunêmanku. Ananging, ora suwe banjur calathu nyonyis-nyonyis pating krênik, cara Lônda. Matrik, ambanting warasan, Truk. Upama cara Tiongkok mono, mêsthi tak tanduki. Barêng Holan sêprèkên, aku trima minta ampun.

Petruk : Mulane apa-apa bêcik sing barès, apa anane. Hla nèk kaya ngono kuwi kapriye, apa ora klêjing ping pat. Tak kandhani, Kang Garèng. bakul kuwadean ing Jogja Solo kuwi, saikine uwis akèh sing wêton A.I.E.S. utawa Milo.

Garèng : Malah ora mung bakul kuwadean bae, Truk, bakul cukak barabarang. iya uwis akèh sing bisa ar ir, jare. Mung bae, aku isih rada kuwatir, bakul modhèrên sing uwis bisa maca roman barang kuwi, kaprigêlane lan wasise golèk dhuwit apa bisa ngungkuli êmbokne utawa ibune. Bakul modhèl kuna ora padha ngrêti padheglog, ora ngrêti bèngès lambe, ora ngrêti cèt pipi, ananging bab prigêle karo elingane ora ilok bangêt. Nèk ngayuhake wade pirang-pirang kodhi, mung dicathêti ana ing pangangên-angên. Nicil utang utawa nampani sauran, kwitangsine ming ênjêt dilèrèkake ing cagak utawa ing êmpyak.

Petruk : Pancèn ngono, Kang Garèng. Bakul kuna kuwi, sanajan ora mangan sêkolahan, pancèn akèh sing ampuh têmênan. Tumrap bakul modhèrên, anggêr - tumêmêne, gêmine, mêmpênge golèk dhuwit - padha karo wong tuwane, kira-kira mêsthi bisa dadi bakul sing luwih atos. Kosokbaline, yèn anggone bisa maca nulis kuwi mung dianggo maca roman, tur bangsaning roman sing hebat bangêt kae, iya malah marai jèmbrèt sêtika.

--- [373] ---

Gambar sajawining praja.

[Grafik]

Salêbêtipun papêrangan punika, Inggris tampi pambiyantu prajurit saking nagari-nagari jajahan tuwin dominionipun. Bêbantu saking Australie kathah ingkang kabarisakên wontên ing Asia Alit. Bêbantu saking Canada kathah ingkang kapapanakên wontên ing Prancis. Ing sisih têngên punika taksih kathah neneman Canada ingkang badhe tumut pêrang.

[Grafik]

Prajurit Hindu (ingandhap punika) kapapanakên wontên ing Mêsir, pacak baris wontên ing sagantên wêdhi, sami siyaga ing damêl.

[Grafik]

Ing nginggil: gêndera wadiyabala Rus barisan 18, kala campuh pêrang kalihan Finland wontên ing sacêlaking tlaga Ladoga, kenging karêbat prajurit Finland.

[Grafik]

Ing sisih kiwa: Montor mabur pambucal bom gadhahanipun Jerman, nalika nêmpuh plabuhan Firth of Forth ing Inggris, kenging kasênjata, njungkêl. Montor mabur kados makatên punika rêginipun ± f 250.000.

--- [374] ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

TANAH NGRIKI

Têdhak Bandung. Wontên wartos, benjing tanggal 30 April ngajêng punika Ingkang Sinuhun ing Surakarta badhe têdhak Bandung, pêrlu anjumênêngi paargyan mèngêti Willmsorde 125 taun.

Maratamu dhatêng Gupêrnuran. Ngarsadalêm Sampeyandalêm Ingkang Sinuhun Kg. Sultan kala malêm Kêmis sontên jam 7 miyos opisil ingkang sapisanan dhatêng Gupêrnuran.

Dene ingkang kakarsakakên andhèrèk para Bandara Pangeran lan para Bêndara Putri sawatawis. (Krapid).

Badhe kagungandamêl. Saking kaparênging karsadalêm Ng. S.I.S. Kangjêng Sultan, benjing dintên Sênèn Pon tanggal 24 Jumadilawal taun Dal 1871 utawi surya kaping 1 Juli 1940, badhe anyupitakên rayidalêm 3 iji, inggih punika: 1. B.R.M. Soenwata. 2. B.R.M. Hêning. 3. B.R.M. Banakamsi. Dene wontênipun lampah-lampah kados adat ingkang sampun kalampahan. (Krapid).

Pabrik gêndhis Kêmanglèn sampun mèh 100 taun. Miturut wartos, benjing taun 1941 ngajêng punika, adêging pabrik gêndhis ing Kêmanglèn, bawah Têgal, sampun 100 taun, badhe dipun paargya.

Pindhahan dhoktêr. Dr. Soetan Asien ing C.B.Z. Sêmarang kapindhah dhatêng Têgal, dados pangagênging griya-sakit Kardinah, nggêntosi Dr. J.A. Karamoy.

Kamajênganipun pabrik tênun ing Garut. Dumuginipun sapunika cacahing mêsin tênun ing Garut wontên 1100, badhe wêwah malih 400. Kathah barang-barang damêlan enggal. Tumrap Gupêrmèn kathah wêlinganipun barang-barang.

Departement ingkang ngêdali wontên ing Sêkatenan Surakarta. Benjing Sêkatèn ing Surakarta ngajêng punika, Departement Pangajaran ngêdali School-museum. Kajawi punika firma-firma ugi kathah ingkang ngêdali.

Jagi-jagi samangsa wontên bêbaya. Têtiyang ing bawah dhistrik Bayongbong (Garut) tampi dhawuh saking ingkang wajib, samangsa wontên bêbaya jalaran saking panjêbluging rêdi Papandayan, supados sami ngili, saha manuta pitêdah kados ingkang kacêtha ing margi-margi. Kajawi punika ing Bayongbong dipun sadhiyani sirene.

Bab prabeya warga Parindra numpak kapal K.P.M. Ingajêng sampun nate kawartosakên, tumrap warga Parindra ingkang badhe njênêngi congres dhatêng Banjarmasin, prabeyaning numpak kapal K.P.M. angsal sudan 25%. Samantên wau manawi têrang angsal katrangan saking pangajêng tuwin sanèsipun. Ing sapunika wontên wartos malih, tumrap Soerja Wirawan ingkang dhatêng ing congres ugi angsal sudan, malah 50%. Namung para Soerja Wirawan wau mawi katamtokakên mangangge Soerja Wirawan, pêrlunipun supados cêtha.

Directeur Bêrita Umum. Kawartosakên, Mr. Soeparan kaangkat dados directeur Bêrita Umum ing Bandung.

Tram ingkang sampun kasuwak kangge ing damêl. Sasuwakipun tram ing salêbêtipun kitha Sêmarang, ing kitha lajêng katingal suda sawanganipun. Nanging sampun sawatawis dintên tram wau kangge damêlipun, pêrlu kangge ngangkat têtiyang boyongan saking station S.J.S. dhatêng station S.C.S.

Ingsêr-ingsêran ing Jawi Wetan. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi Wetan, R. Moetojo Kartodirdjo, wêdana ing Lodoyo, kabupatèn Blitar, paresidhenan Kêdiri, dados wêdana ing Kampak, kabupatèn Tulungagung, paresidhenan Kêdiri. M. Soeradi ugi nama M. Soerodiwinoto, wêdana ing Kampak, dados wêdana ing Lodoyo.

Ingsêr-ingsêran golongan militèr. R.M. Soerjarso, 2e luitenant Infanterie ing Magêlang, kapindhah dhatêng Bandung.

NAGARI WALANDI

Tatanan kêkesahan. Miturut wartos saking Den Haag para pangagêng ing nagari Walandi anêtêpakên tatanan, tumrap bangsa Walandi ingkang badhe mêdal saking nagarinipun, kajawi mawi sêrat palilah, ugi mawi sêrat katrangan ingkang dipun maligèkakên.

Pambagening dêrma V.C. Kalêmpaking arta ingkang dipun tindakakên ing V.C. cacah f 100.000.-, lajêng dipun bage ing panjênênganipun tilas Gupêrnur Jendral De Jonge, tumrap alg. Steuncomite tampi f 60.000.-, Nat Zeemansfonds tampi f 40.000.-.

Pambaptisdalêm Prinses Irine. Sanadyan dèrèng dipun têtêpakên tanggalipun, nanging sampun wontên wartos bilih pambaptisdalêm Prinses Irine wontên ing salêbêting wulan Mèi ngajêng punika.

EROPA

Motor-mabur Inggris dipun sanjata ing motor-mabur nagari Walandi. Wontên motor-mabur Inggris anggêgana wontên sanginggiling laladan nagari Walandi sisih Kilèn, sacêlakipun Rotterdam. Motor-mabur wau lajêng dipun sanjata, salajêngipun mandhap wontên sacêlakipun Pernis. Wontên tiyang 4 mandhap saking motor-mabur, ingkang 1 nandhang tatu sakêdhik, wontên 1 ingkang kalajêng anjlog, kintên-kintên tiwas. Motoripun mabur lajêng kêbêsmi. Wontên malih motor-mabur ngamanca ingkang nggêgana ing sanginggilipun Naarden, dipun bujêng ing motor-mabur Walandi saha dipun sanjatani, motor-mabur ngamanca lajêng katingal ewah lampahipun, nanging lajêng sagêd oncad.

Ruslan usul prajanjian dagang. Kawartosakên Ruslan usul dhatêng Inggris badhe ngawontênakên prajanjian dagang Inggris tuwin Ruslan.

Kapal Ruslan ingkang tansah dipun tahan. Wiwit kala ing wulan Januari kapêngkêr wontên kapal Ruslan nama Selenga dipun tahan ing pangagêng Inggris ing Hongkong, salajêngipun dipun luwari. Ing salajêngipun kapal wau dipun tahan malih ing kapal-pêrang Prancis.

Rêmbag bab rakêtipun Sovyèt kalihan Jêrman. Miturut wartos saking London, ing sapunika sampun wontên tatanan badhe pêpanggihanipun Hitler kalihan Stalin. Sêpur ingkang badhe dipun tumpaki Hitler sampun dipun sadhiyakakên, samangsa-mangsa bidhal kantun brêngipun kemawon, pêpanggihanipun badhe wontên ing tapêlwatês, dipun tata ing Von Ribbentrop. Tumrap Stalin inggih sampun nayogyani, nanging panêdhanipun badhe pêpanggihan wontên ing Moskow, botên wontên ing têngah margi makatên. Saking rêmbagipun Ribbentrop kêncêng supados pêpanggihan wontên ing tapêlwatês.

Barang ingkang dipun tumbas saking tanah Indiya. Miturut wawasanipun Inggris, namtokakên bilih ing wêkdal punika Jerman tuwin Ruslan kathah anggèning tumbas barang-barang saking tanah Indhiya. Kintên-kintên kapal-kapal ingkang wontên ingkang ing tanah Indhiya badhe kangge ngêmot barang ingkang badhe kaambahakên ing laladan ingkang dados awisanipun Inggris lajêng dipun jujugakên ing Wladiwostok. Ing salajêngipun barang-barang wau kakintunakên dhatêng Jerman mêdal margi sêpur Trans-Siberisch.

Inggris juru jagi ing lautan netral. Wontên wartos ingkang sumiyar saking golongan Prancis, mratelakakên bilih Inggris tumuntên ngawontênakên pajagèn wadya lautan wontên ing laladan lautan netral ing wêwêngkon sagantên ingkang dados awisan. Wartos ingkang makatên wau adamêl kagètipun Scandinavie, amargi ing lautan ngriku tamtu badhe kambah rumiyin, ingkang wusananipun badhe nuwuhakên sabab.

ASIA

Pogokan ing tanah Indhu. Sampun 10 taun sapriki, sawêg kala tanggal 27 Maart pulisi ing Calcutta nanggulangi para bêrah gemeente sarana sanjata, amargi têtiyang wau sami mogok. Cacahipun tiyang ingkang mogok wontên 15.000, sami kuli gemeente babagan rêrêsik, jalaran sami nêdha indhaking blanja 25%.

Kêbêsmèn ing Manila. Miturut wartos saking Manila, ing satunggiling papan pamêlikan mas wontên kêbêsmèn, anjalari wontên tiyang 5000 kecalan griya. Kapitunanipun yutan rupiyah.

No. 14, 5 April 1940, taun XI

--- [375] ---

TAMAN BOCAH

Ingkang ngêmbani: BU-MAR.

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CÈNTRUM, RÊGANE SATAUN f 1.50 KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK. LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.

BULUS KARO KÊTHÈK

Biyèn kae bulus diapusi kêthèk ya cah, sulinge dirêbut, njur digawa mènèk nganti mêncit. Bulus nèng ngisor bêngok-bêngok: "Munyuk, balèkna sulingku.''

Kêthèk mangsuli kambi ngece: "Iya, jupukên dhewe mrene.''

Bulus ndhongkol atine. "Hè munyuk... titènana kowe!'' Kêthèk mangsuli: "Iya dak titenane.'' Suwit... suwit... suwit... kêthèk têrus ora ngrèwès bulus. Bulus kêdumêlan, nêsu bangêt, nuli lunga arêp nêmoni yuyu. Satêkane ing omahe yuyu, dikon lungguh: "Lo kok kowe lus, kene linggih kene. Lah sulingmu êndi?''

[Grafik]

Bulus mangsuli: "Ya kuwi sing dadi prêkara, sing marakake aku nêsu.'' Nuli crita olèhe diapusi si kêthèk. Yuyu gèdhèg-gèdhèg, banjur cêlathu: "Ah, mula aku iki nèk karo kêthèk ora tau prêcaya. Wis aja kuwatir lus, barang sapele bae kok. Mêngko dak akalane. Bêcike kowe nginêp kene bae dhisik. Gampang sesuk.'' Bulus mangsuli: "Iya bêcik.''

Esuke bulus karo yuyu padha nggolèki si kêthèk. Ora suwe krungu unining suling. Bulus cêlathu: "La kae apa, si kêparat, kae nèng pang wit pêlêm.''

Wah iya, kathik mêgêlake ati ngono ta olèhe pringisan kuwi. Wong suling olèhe ngrêbut bae kok! Kowe kene bae lus, aku dak mènèk.'' Yuyu mrambat mêndhuwur, sadhela bae wis cêdhak panggonane kêthèk. Bulus nèng ngisor bêngok-bêngok: Nyuk êndi sulingku.'' Kêthèk pringas-pringis: "Lho, kok kowe wis têkan kene mênèh. Dhèk kapan têkane, aku kok ora wêruh.''

Êndi sulingku.''

Lah iki gênah dak cêkêl ngene kok ditakokake.''

Balèkna.

Wo, isih tangèh. Aku durung bosên... Athooo... athoo...'' Suling tiba, si kêthèk mlumpat-mlumpat, karo mbêrèt-mbêrèt. Buntut dikapit-kapitake, nanging yuyu malah saya kêncêng olèhe nyapit. Suling enggal dijupuk si bulus. Bulus ngguyu: "Ha-ha-ha, saiki gênti aku sing ngguyu. Lo kok colat-colot ngono ta nyuk, apa lagi mbanyaki.''

Kêthèk ora ngrèwès kandhane si bulus. Bulus ngece manèh: "Wis thèk, tak tabuhi, kono colat-colota manèh.'' Suwit... suwit... suwit...

Kêthèk muring-muring. Olèhe mbêrèt-mbêrèt ngêbaki alas.

Yuyu suwe-suwe wêlas karo kêthèk, buntute njur diculke, têrus niba, nututi si bulus.

Kêthèk muring-muring dhewe nèng alas.

--- [376] ---

LAYANG SAKA BANJÊRMASIN

Marang kanca-kancaku Taman Bocah.

Jênêngku Soerarti, sêkolah Mulo ing Banjêrmasin, ndhèrèk bapak-ibu. Aku ana ing Borneo wis ana 1 ½ taun.

Kutha Banjêrmasin iku kêna dipadhakake karo pulo, nanging pulo cilik, lah wong dununge kuwi ana ing têngah-têngahe kali Martapura lan kali Barito, kali gêdhe tur amba.

Ing wiwitan aku ora krasan bangêt, kêpengin bali nyang tanah Jawa. Sing marakake ora krasan kuwi banyune. Sing diombe banyu udan. Nèk mangsa kêtiga, sok nganti 3 utawa 4 sasi ora ana udan, njur kêpêksa ngombe banyu kali. Wah, mangka banyune njêlèhi, ya diênggo adus, ya diênggo umbah-umbah barang. Mula kudu disaring dhisik. Ana kalamangsane banyu kuwi rasane asin. Banjur kêpêksa tuku sing ora asin, sapikul sakêthip. Mangka asine kuwi nganti sasèn-sasèn. Lan apa-apa iya njur mundhak, pangan barang mundhak. Ning tujune ibu sadhiya "drum'', ya iku wadhah banyu, kanggo nadhahi banyu udan, cukup kanggo 3 utawa 4 sasi.

Ora krasan bangêt aku ana ing kene. Omahe kabèh panggung, mung omah Landa sing ora.

Kene iya akèh sakolahan, malah ana Kleinhandelschool barang. Kancaku sêkolah sing akèh bangsa Tiong Hwa, bocah Jawa ming sithik.

Dhèk anu kae aku ndhèrèk bapak-ibu excursie ngubêngi kutha Banjêrmasin nunggang motor-boot. Jam 7 esuk budhal saka Pasar Lama. Wah, sing mèlu akèh bangêt, sing akèh golongan Parindra. Sadurunge budhal kapale dipriksa dhisik karo "havenmeester'' banjur lagi entuk budhal. Banjur lêlayaran nèng kali Martapura; kali iku ambane ± 100 m, jêrone 15 m. Kapal gêdhe-gêdhe iya bisa mlaku kono.

Jam 11 lagi têkan kali Barito. Wadhuh, kanca, aku gumun, ana kali kok samana ambane, nganti kaya sagara. Biyèn dhèk aku wêruh Bêngawan Solo, dak-arani kali kuwi ambane ora ana sing madhani, jêbul nèk dipadhakake kali Barito ora sapiraa ambane. Jarene kali Barito kuwi ambane 2 ½ km. Wonge nèng sabrange mung ketok satêmlik, irêng.

Jam 12 têkan pulo Kêmbang, utawa "het Apeneiland''. Ing kono akèh bangêt kêthèke, ning aku ora wêdi, wong cumbu-cumbu kok. Ana ing kono ngaso sadhela, banjur têrus mênyang pulo Alalak. Saka kono nyimpang, mlêbu kali Andhe. Wah, aku kagèt, barêng wêruh kali Andhe. Mêtas wêruh kali Barito, njur wêruh kali Andhe, prasasat gajah karo sêmut. Kali Andhe kuwi ciyut bangêt, dilêboni motorboot mung trêp bae. Tur nèng kono ndadak nganggo nisih-nisihake wit-witan barang. Wah, aku dhêg-dhêgan, layaran jare nèng têngah "rimbu''. Liwih-luwih barêng sing nisih-nisihake pang kêcêmplung nèng kali, adhuh, êntèk atiku. Mêngko gèk ana bayane. Nanging tujune enggal kêtulungan, bisa mêntas kanthi slamêt.

Jam 4 têkan kali Martapura manèh. Mak blong! Atiku, marga wis têkan ngomah. Sadina muput anggonku layaran.

Sadulurmu

Soerarti.

Bungah bangêt, aku, Soerarti, kok uruni dongengan kaanane kutha Banjarmasin. Têrusna, Ti.

Banjur, bocah nêgara liya, mbok iya padha gêlêm tiru Soerarti kuwi.

INGGIH, MILA MAKATÊN

Pak Kromo duwe beo. Tlatèn anggone mulangi omong. Suwe-suwe iya bisa caturan cêtha, nanging mung têlung têmbung "Inggih, mila makatên"

Kacarita pak Kromo butuh dhuwit, banjur manuke beo niyat arêp didol. Nuli digawa nyang pasar. Dhasar pak Kromo olèhe ngrumati apik, beone iya bêcik rupane, lêmu, wulune mêling-mêling. Sadhela bae wis ana sing nakokake.

- Ajêng mang dol pintên?

- Sêlangkung rupiyah.

- We, la kok awis têmên.

- Wah, la wong êmpun wasis cantênan, kok dhi. Kabênêran nalika iku beo muni: "Inggih, mila makatên''.

Sing arêp tuku njur enggal-enggal ngetung dhuwite, dibayar jrèng, tanpa dianyang. Beo nuli digawa mulih kanthi sênêng. Sing wadon dikandhani uga sênêng bangêt, cêlathune: "Apa iya, kang, olèhe pintêr wis plêk manungsa, manuk iki.''

Beone enggal mangsuli: "Inggih, mila makatên.''

Nanging lêt rong minggu banjur konangan, yèn sing dibisani mung têlung têmbung iku thok. Sing duwe gêtun bangêt, nuli kandha marang sing wadon "Êmbokne, biyèn dhèk nèng pasar, si beo kuwi kandha yèn pintêr ngomong. Nèk ngono dadi dhêmên goroh, dhêmên ngapusi si beo kuwi, yo?''

Beo nyambung: "Inggih, mila makatên.''

Bu Mar.

--- [377] ---

NÊBA

[Grafik]

1, 2, 3.

Iki lo gambare sêdulur-sêdulurmu padvinder lagi padha nêba nèng paran, pirang-pirang dina padha turu ana ing ara-ara utawa patêgalan. Batur ora nggawa, dadi kudu apa-apa dhewe. Umbah-umbah dhewe; olah-olah ya dhewe, lan liya-liyane Nèk awan padha dolan-dolan, nèk bêngi ana sing kon jaga gênti-gêntèn, upamane A wiwit jam 10-12, B wiwit jam 12-2, C jam 2-4, D wiwit jam 4-6.

Nèk nowe pilih saka jam pira têkan jam pira, cah?

Ya, mangkono kuwi carane olèhe padha ajar apa-apa dhewe. Nèk nèng omah mangsa klakona. Apa-apa mêsthi batur. Orane batur iya Ibu utawa Bapak. Mula apik dadi padvinder iku. Coba sapa sing dadi padvinder. Nyritakna cara-carane.

ARAK-ARAKAN JUMÊNÊNGAN DALÊM

Nalika dina Rêbo, tg. 20 Maart, ing wayah sore ing alun-alun wis padhêt wong arêp padha ndêlok arak-arakan. Sajêg jumblêg têmbe iki aku waruh untabing kawula Ngayoja, ora lanang ora wedok, ora tuwa ora ênom, malah sabayi-bayine pisan, padha tumplêk blêg ana ing kono.

Jam 2 awan sadalan-dalan wonge wis padha pating dlidir mênyang alun-alun, nganti ing alun-alun kaya ana wêsine brani, wong sakutha kabèh ngênêr mrana. Sing padha arêp mèlu arak-arakan iya ora kêna dietung. Bocah sêkolah kuwi kira-kira ana 15000, hara rak ora sathithik. Aku iya mèlu arak-arakan kambi kanca 80. Sing dak arak gapura lan tandhu, ing jêrone ana gambare makutha. Arak-arakan liyane ana 5000. Sing diarak rupa-rupa, nanging sing akèh pêpêthan gajah. Yèn bocah-bocah kuwi dijèjèr-jèjèr dak kira ana 4 utawa 5 palan dawane. Mula ing alun-alun iya prasasat sêmut thok, wonge pating kruntêl. Gèk ramene, aja takon, nganti aku ora krungu suwaraku dhewe.

We... tlêthik-tlêthik grimis, ora suwe... tlêthok-tlêthok... brês... udan gêdhe campur angin. Kojur arak-arakane, mangka kabèh sing digawe dluwang jare, lah iya bablas tanpa pamit, mung kari ragangane thok. Wah, lèhe gawe ora rampung sêminggu jare, ilange ki mung sakêdhèp mata. Gapura karo tandhu sing dak arak iya jêginggis kari pringe. Rupane mêmêlas bangêt.

Aku kabèh padha klêbus, katisên, nyêtutus. Udan jare kaya ngono gêdhene. Nanging aku kabèh ora ana sing mingsêr, lunga saka alun-alun; wonge sing padha ndêlok uga ora ngiyub. Hebat ya, kawula Ngayojakarta, olèhe nglabuhi Gustine. Tekade kene: "Ayah, mung udan bae kok digawe rasa.''

Jam sêtêngah 6 arak-arakan dibudhalake, liwat Kauman - Gêrjèn - Ngabean - Kidul pasar - Kampementstraat - têrus bali nyang alun-alun. Wadhuh atise ora jamak, bocah sing ora kuwat wis padha mêdhot ning dalan, malah ana sing sêmaput barang, ning tujune disêdhiyani E.H.B.O. dadi bisa têrus kêtulungan. Nanging aku sakancaku ora mêdhot, bisa têrus mèlu nganti sabubare. Saka alun-alun têrus nglucut mulih. Jam 8 lagi têkan ngomah, têrus ucul klambi salin sing garing, têrus mlayu nyang pawon, ngadhêp luwêng kambi mbakar pohung. Wah, lèhku mangan bakaran tela... êmbuh pira kae, dhasar wêtêng "kroncongan'' tur katisên pisan, ya wis, tela satenggok jablas samênit.

Esuke... aku lara, nganti 4 dina. Mula nganti kasèp nggonku gawe verslag iki.

Any, Jokya.

WARA-WARA

Cah, minggu iki Bu Mar ora ndongèng wayang. Papane kanggo marak-marakake: Putusane Sayêmbara. Dêlêngên suwalike.

--- [378] ---

PUTUSANE SAYÊMBARA

Nganti lawas ya cah, sayêmbara pirang-pirang ora diputus-putus. Iya cah, Bu Mar ngrumangsani lupute, mulane njaluk ngapura marang kowe kabèh. Sing marakake kasèp iku, marga sing mutus ora mung Bu Mar thok, murih adile.

Racak-racake aku bungah dene akèh sing padha nglêboni sayêmbara.

Sayêmbara mulas lan nggambar ana 4 warna ya cah:

I. Mulas gambar macan sing dak dongèngake ing: Pitulungane tikus. Sing apik duwèke:

1. Wardaja p/a S. Hardjasoekarta, Têmanggungan Zuid 6, Ambarawa.

2. Moeljabasoeki p/a R. Ngt. Soeratiman, Blitar.

3. Soeboer Sahadi, Banjaran.

4. Sri Soedjiati, Bogor. (Adrèsmu sing cêtha kêpriye)?

II. Gambar: Ditulungi malah ngece.

Sing nglêboni sayêmbara iki mung bocah sithik, sing klêbu apik têlu yaiku:

1. Soemardi p/a Soemasoemarta, Carik desa Cêkêl, Têlawa.

2. Sêtijati (adrèsmu kêpriye)?

3. Marjana p/a Soemaatmadja, Stationsweg, Kêbumèn.

III. Gambar: Bocah iya kudu sugih akal. Sing nglêboni mung bocah 4. Putusane sing entuk ganjaran A. Djoedi 1.1. H.I.S. 7e kl. Purwarêja.

IV. Mulas gambar: Gênjik sênêng-sênêng.

Sing nglêboni mung bocah loro, Soeharjo lan Rachmanoe 1.1. Neutr. School Klampok S.D.S. Pancène mono ana têlu, nanging sing siji ora dak kanggokake, marga salah tampa. Gambar ora diblak, nanging digunting, dipulas sithik têrus dikirimake Bu Mar. Rachmanoe lan Soeharjo, olèhmu mulas pancène ora pati apik, nanging rèhne mung bocah loro dadi iya dak kirimi bêbungah.

Kajaba saka iku aku iya arêp awèh bêbungah marang Any Jokya, marga padha-padha kêponakanku dhèwèke sing kêrêp dhewe kirim layang, tur mêsthi dikanthèni warna-warna, ana karangan, pangulir budi, gambar apik-apik kanggo T.B. lan liya-liyane. Mingangka tanda panarima lan bungahing atiku, Any dak kirimi ganjaran sathithik, wujud buku. Umurmu pira Ny. Mêngko dak pilihake buku sing cocog karo umur-umuranmu. Putusan sayêmbara karangan: yèn aku mênang lotre f 100.000 minggu ngarêp dak warak-warakake.

Mangsuli Layang

Rêdjo, Prawirotaman. Karanganmu bab kirap-dalêm ora dak pacak, wis kêdhisikan Kadarisman. Potrètmu uga wis dak tampa, aja dadi atimu, dene uga ora dak pacak. Ora liya aku iya kêtrima bangêt. Karamean liyane apa bae, kêjaba kirap? Coba aku critanana.

S. Har, Solo. "Hêh! Bu Mar ki kok ora mangsul-mangsuli!'' Rak ngono ta batinmu, Har, aku ngrungu olèhmu ngunjal ambêgan, karo ngolok-olok Bu Mar. Bu Mar nganti bingung, kapriye olèhe bisa gawe lêgane bocah-bocah. La wong papan kanggo mangsuli layang mung samene. Karangan lan gambarmu ora apik, Har, aja gêla, ora dak pacak. Gawea lêlucon lan cangkriman sing lucu-lucu. Rak bisa ta?

S. Amir p/a Mêrtadikrama kp. Singamartan Bayalali. Bu Mar kagèt Mir barêng wêruh ana mêdi sawah ngêmlethak nèng meja. Dak ilingi-ilingi, jêbul têlu-têlune gambarane si Amir. Êh kok pintêr nggambar kowe, mung emane Bu Mar ora ngrêti sing kok karêpake. Apa potrètmu ta Mir kuwi, njaluk dipacak nèng Taman Bocah? Eman-eman kartupose mung kanggo orèk-orèkan. Karanganmu noot têmbang iya ora bisa dak pacak.

Soesetijo, Bandung. Tuna ya Soes, libur-libur jare lara watuk pilêg. E, awak ki nèk dong sial! Njur ora bisa plêsir midêr ingrat, malah mêtu nèng jaba bae têrkadhang ora parêng karo ibu. Ning ora dadi apa ya Soes, ya disambi maca-maca ta, buku iya ora kurang bae, T.B. iya ana. Masa ora jênak nèng omah. Ning saiki rak wis waras ta, wis mèh mlêbu manèh jare.

Soenarti, Kêbon Klapa Bandung. Wèh, Bu Mar kok kêpengin ênom manèh nèk maca critamu nèng layang, nyritakake olèhmu sênêng "sport''. Pancèn, Bu Mar biyèn iya sênêng bangêt sport, saiki iya isih dhing! Esok-esok tangi turu têrus sêt-sêt-sêt... ulah raga, nggêblogi kasur. Aku kêpengin wêruh kowe, saiki dadi "sportgirl''. Wèh mendah rosane kowe saiki. Bu Mar ora arêp nyêdhak-nyêdhak ndhak disongkol, mêsthi krengkangan. Nanging Ti, Bu Mar wêling lo, aja kakehan olèhmu sport. Tekade mangkene bae: "Pintêr sport ya kudu pintêr sêkolahe.'' Nèk kokèhan lèhmu sport wêkasane aras-arasên sinau, tur nyang awak iya ora apik.

O. Hoesèn Kêbon Sirih Bat. C. Lo, dadi Slamêt ki wis sêminggu nèng C.B.Z.? Lah lara apa? Mbok ditiliki, mèn bungah, wong adoh bapak karo ibune. Rak kêna ta ditiliki. Nèk wis, njur Bu Mar dikabari, tak enggal-enggal tilik. Tênan lo Sèn.

Soenarjo H.I.S. Japara. Poernamasari Japara. Maroeta Cicurug. Bambang Soemardi Pati. Srijatin Tuban. Layangmu ngajak têpungan wis dak tampa kanthi bungahing ati.

Bambang, yèn kirim karangan bêcike aja ditulisi wolak-walik bae, mèn gampang anggonku mriksa. Kirim dongèng nurun buku banjur dicara Jawakake iya kêna, waton durung kawruhan wong akèh bae, dadi ora mbosêni. Nanging apike nyitakake awakmu dhewe, wis tau nêmoni lêlakon apa, sing lucu-lucu. Kirim pitrèt uga kêna.

Sriatin, adhimu wis umur 10 sasi kok durung mêtu untune ta? Pancèn rada kasèp, nanging ora dadi apa. Sok ana sing kaya ngono, malah ana sing wis umur 20 sasi durung bisa omong, njur ana manèh sing lagi umur 11 sasi untune wis akèh. Bu Mar ngarêp-arêp layangmu manèh.

Soehardi Purwokêrto. Pintêr nggambar kowe Di, nanging kapikên olèhmu ngentha-entha rupane Bu Mar. Wah kudu ngguyu aku, nèk wêruh potrètku kuwi. Batinku: "E, mbok iya tênan, rupaku kuwi kaya ngono.'' - Kowe takon suk kapan Bu Mar mênyang tanah Jawa Têngah? Yèn ora ana alangan, sajrone sasi April iki. Kowe arêp mêthukake apa?

BU MAR.

--- [1027] ---

Kajawèn

No. 64, 9 Augustus 1940

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm

--- 0 ---

[Iklan]