Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-03, #1669

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1940, #1669
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-01, #1669. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1530.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-02, #1669. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1529.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-03, #1669. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1528.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-04, #1669. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1527.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-08, #1669 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1526.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-09, #1669. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1525.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-10, #1669 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1524.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-11, #1669. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1523.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-12, #1669. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1522.

Ôngka 19, Sla Kli, 25 Sura, Dal 1871, 5 Marêt 1940, Taun XV.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Slasa lan Jumuwah

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Saribasa - Bab Pamrayogi Tumrap Tiyang Badhe Nglampahi Salakirabi - Pak Wôngsa - Rêbad Dêg - Kasêngsêm Mahanani Kêtliwêng - Inuman Wowohan - Jagading Wanita - Baita Pêrang Tiga - Lucon - Wêwaosan - Kabar Warni-warni.

Saribasa

Kakêndêlan

Kakêndêlan iku sanajan namung sakati, ajine ngungkuli kabêgjan sapuluh dhacin.

Kakêndêlan iku ora mung jênêng bêbudèn utama, malah pantês yèn ta diaranana ratuning sakèhing bêbudèn utama kabèh.

Kakêndêlan kinanthèn ing kakuwatan, bisa anggêmpur panguwasaning pêpêsthèn.

Manungsa iku arang kang duwe kawanèn: yèn dadi wong bêcik iya sing bêcik babar-pisan, yèn dadi wong ala iya sing ala babar-pisan.

Tumraping kakêndêlan, ora ana dalan kang buntu utawa rumpil. Sakabèhing dalan kêna diambah ing kakêndêlan.

Gêgêlidaning Kakêndêlan kang apik dhewe, yaiku: waspada.

Wong kang kêndêl, ora tau kêkurangan gêgaman.

Wong kang kêndêl têmênan, ora tau ngungasake kakêndêlane. Wong kang angungasake kakêndêlane, anggêrtak sarta mêmêdèni wong liya, iku malah dadi pratôndha yèn uwis ngrumangsani jirihe.

Prakara kang mokal, bisa dadi ora mokal, sok ugi ditandangi kanthi kakêndêlan.

Kakêndêlan kang tanpa tata, kuwi dudu kakêndêlaning manusa, nanging kakêndêlaning kewan.

Bisa ngajèni mungsuhe, iku pratandhaning wong kang kêndêl.

Titikane wong kang luhur budine, yaiku: padha duwe kakêndêlan batin. Wani anggolèki lan kôndha kang nyata. Wani tumindak adil. Wani jujur lan barès. Wani nêmpuh sakèhing panggodha. Wani nêtêpi kawajibane.

--- 238 ---

Kasarasan.

Bab pamrayogi tumrap tiyang badhe nglampahi salakirabi.

Karanganipun R. Sumadirja, Ind. Arts. Ungaran. Sambêtipun Kajawèn nomêr 16.

Tiyang ingkang sakit lepra punika inggih sagêd nulari dhatêng tiyang ingkang saras.

Tiyang jalêr utawi èstri ingkang sampun sêsemahan, upami salah satunggalipun gadhah sêsakit lepra, turunipun (anak) botên mêsthi kataman sêsakit wau. Nanging para dhoktêr sampun sagêd nêtêpakên yèn sêsakit lepra punika pancèn sagêd nular dhatêng tiyang ingkang saras, mila prayogi anjagi sampun ngantos katularan sêsakit wau.

Sêsakit tangsul raos (zenuwziekte) kados ta: ayan, ewah utawi sanèsipun, pancèn turunanipun tiyang ingkang sakit makatên, anak putunipun sagêd katurunan sêsakit-sêsakit wau utawi sanèsipun.

Kajawi punika jalaran saking katurunan sêsakit-sêsakit kasêbut ing nginggil, kadhangkala wontên tiyang èstri ing wêkdal wawrat utawi nglairakên bayi utawi nêsêpi, biyungipun tansah sakitên badanipun bobênbotên. kiyat, kêra, ringkih, sanajan cêkap têtêdhanipun. Mila asring wontên bayi dèrèng mangsanipun lair, dening dhoktêr dipun lairakên sarana dipun bêdhèl utawi sanèsipun.

Rèhning biyung botên kiyat nêsêpi, bayinipun dipun pêthat, dipun sukani sêsêpan êdhot utawi sanèsipun.

Miturut kasêbut ing nginggil tiyang punika kathah rubedanipun, langkung-langkung tiyang èstri, margi tiyang gêsang ing ngalam donya punika ingkang limrah namung sami ngupados kawilujênganing sakukubanipun piyambak, ingkang adhakakipun lajêng namung ambujêng kamulyan (kasinggihan lan kasugihan) kasarasan saha katêntrêman, nanging sawêg manggih sakeca kemawon, ingkang limrah sampun supe, botên utawi kirang sukuripun (atur nuwun) dhatêng ingkang paring sakeca. Yèn ta tiyang-tiyang punika sami purun andhap-asor, loma lila tuwin lêgawa (suka bingah) bokmanawi botên kathah rubedanipun. Nanging ingkang makatên punika inggih awis tiyang sagêd anglampahi utawi nêtêpi.

Kawuningana para maos, gotèkipun tiyang sêpuh, supe punika dumunungipun sumlêmpit wontên ing aliting manah, tumusipun dhatêng raos uwas lan nêrambul ing manah bingah. Mila tiyang èstri punika langkung kathah rubedanipun, awit saking alitan manah, kathah uwas-uwasipun, punapa malih dados têlênging kabingahanipun tiyang jalêr.

Wontên lajêngipun.

--- 239 ---

Pak Wôngsa.

Pak Wôngsa punika pêparabipun satunggiling Walandi, ingkang luguning namanipun Tuwan L.V. Wijnhamer ing Batawi. Tuwan wau wontênipun ing kalangan bôngsa Tionghwa tuwin pribumi sumrambah sangêt, inggih punika tumrap ing golongan andhap, malah kenging dipun wastani ngantos dados bapa babunipun tiyang kamlaratan, adhêdhasar umum.

[Grafik]

Tuwan L.V. Wijnhamer (clana cêmêng) wontên ing gudhang buku Bale Pustaka.

Pinanggihipun wontên ing kalangan Tionghwa kathah lêlabêtanipun anggèning damêl ngamal, sagêd ngêdêgakên pamulangan lare-lare Tionghwa miskin, muridipun ngantos atusan. Tumrap tindak pados arta ingkang badhe tumônja kabêtahan umum, Pak Wôngsa ngantos dados sraya dhatêng pundi-pundi. Mila ing kalanipun wontên prêlu, Pak Wôngsa botên ajrih rêkaos, saking nêtêpi wajib ingkang sampun dipun antêpi wau.

Ing kalanipun wontên karamean, utawi ingkang prêlu kangge nênarik manahing ngakathah, Pak Wôngsa mangangge ingkang anjalari katingal, srempang sarung atopi dêling wiyar, nyangkêlit golok. Ing ngriku anjalari wêdaling lokipun tiyang kathah: Pak Wôngsa, Pak Wôngsa.

Ing satunggiling dintên, kantor Bale Pustaka kadhatêngan Walandi ingkang kakintên prêlu badhe tumbas buku, nanging sarêng kasumêrêpan bilih ingkang dhatêng wau Pak Wôngsa, lajêng dipun tampi ing punggawa Bale Pustaka kanthi suka pirêna. Sumêrêpipun bilih punika Pak Wôngsa, kêtitik saking anggèning ngangge clana cêmêng, jas pêthak, awit caraning mangangge makatên punika katingal nyalênèh, nanging sajatosipun malah dados titik karêmênaning manganggenipun Pak Wôngsa.

Pak Wôngsa punika tiyang ingkang sarwa cekat-cèkêt, mirid tandang-tandukipun, katingal tiyang ingkang angaosi dhatêng wanci, pitakènipun tanpa pêdhot saha katingal kacathêt ing manah, mila wontênipun ing Bale Pustaka sagêd nyarambahi ningali dhatêng pundi-pundi, kanthi paniti ingkang ngantos raos lêbêt.

Ing wusana punapa kawontênanipun Bale Pustaka adamêl suka sênêngipun Pak Wôngsa, awit sajatosipun ancasipun atunggil kajêng: angajêngakên dhatêng rayat.

--- [240] ---

[Grafik]

Ing nginggil: Polên sampun dipun bage Ruslan kalihan Jêrman. Tiyang Jêrman ingkang manggèn ing bawah Ruslan, wangsul dhatêng Jêrman. Tiyang Ruslan ingkang manggèn ing bawah Jêrman, wangsul dhatêng Ruslan.

[Grafik]

Ing nginggil: prajurit Switsêrlan sami mlampah mawi sêki, ngambah ing ès ingkang nasabi parêdèn. Ing ngandhap: prajurit Indhustan inggih wontên ingkang kalurugakên dhatêng Prancis. Prajurit-prajurit punika sawêg sami andum têtêtêdhantêtêdhan. dipun tênggani upsiripun.

[Grafik]

Ing nginggil: tiyang tani Jêrman saanak semahipun ingkang mêntas wangsul saking tlatah Ruslan.

[Grafik]

Ing nginggil: prajurit manasuka saking ing Dhenêmarkên sami baris majêng dhatêng ing paprangan mitulungi Pinlan.

--- 241 ---

Rêbad Dêg.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 18.

Ing kalanganing kaum wanita ngantos sapriki dèrèng ical watak unggul-unggulan ingkang klintu patrapipun, inggih punika ing babagan rêrênggan lan pangangge. Sampun ngrêtos manawi blanjaning lakinipun sakêdhik, sumêrêp tôngga lan têpanganipun ingkang blanjanipun langkung agêng, mawi rêrêgan ingkang kathah rêginipun, ambêg tansah uring-uringan ing griya, murugakên bale griya kirang têntrêm. Punika sadaya wau contonipun watak unggul-unggulan ingkang botên lêrês. Wosipun, sumêrêp kabêgjaning sanès kok botên lajêng dipun tampi dados pamêcuting badanipun piyambak, nanging malah nglêpatakên tiyang sanès. Sampun têmtu badanipun piyambak ingkang dipun talusur kêkiranganipun botên badhe mindhak sakeca, anggèning babrayan lajêng angsal pakèwêd saking tindakipun ingkang kados makatên wau. Jaman saya majêng, kawontênan ingkang kula aturakên ing nginggil wau saya ewah, mahanani saya langkung majêng.

Tiyang unggul-unggulan, têmtu wontên ingkang mênang, jalaran sarwi unggul (meerderheid) wontên ingkang kawon jalaran sarwi kiranging (minderheid) kwalitèit, kêkiyêngan nyambutdamêl, kawruh, lan kathah malih.

Sarèhning wadosing gêsang sampun kasumêrêpan inggih punika rêbatan, lan unggul-unggulan, dados sampun samêsthinipun manawi manungsa tansah ambudidaya supados sarwi langkung. Langkung kawruhipun, langkung srêgêpipun, langkung têmênipun, langkung bandhanipun, supados unggul gêsangipun.

[Iklan]

Mila prayogi dipun talusur punapa ingkang dados kêkiranganing badanipun. Manawi sampun pinanggih lajêng ambudidaya supados saya mindhak. Nyaèkakên badanipun piyambak botên atêgês damêl piawon dhatêng tiyang sanès, utawi damêl kapitunaning asanès.

Manawi kula sumêrêp têpangan, jalaran saking srêgêp lan tumêmênipun sagêd gêsang sakeca, botên prayogi kula lajêng kèndêl kemawon, sanalika punika kula kêdah niru tindakipun [tindaki...]

--- 242 ---

[...pun] têpangan kula wau. Wasana saking tumêmêning manah, saking pambudi wau, kajêng kula sagêd kasêmbadan sajajar kalihan kônca wau.

Manungsa satunggaling titahing Pangeran ingkang sampurna, pinaringan anggota, pikiran ingkang inggil, kêdah tansah ihtiyar sagêda gêsang langkung sakeca tinimbang ing sapunikanipun. Saening gêsangipun têpangan lan kônca, sagêda dados panariking kamajênganing badanipun. Manawi wontên tiyang ingkang kawontênanipun sajajar kalihan badanipun, môngka gêsang sagêd sakeca, sagêd nyêkolahakên anakipun dhatêng pamulangan inggil damêl griya gêdhong agêng-agêng, gêsangipun têntrêm, manah kêdah dipun têtangi pêpenginan kados kawontênaning tiyang wau, sukur bage sagêd anglangkungi. Ingkang botên tuwuh pêpenginanipun ingkang sampun murwat lan kawontênanipun, saya dangu saya katilar dening jaman, atêgês kawon anggènipun rêbatan.

Kônca sêkolah, sarêng gêsang wontên babrayan katingal manawi ngèlmunipun inggil, misuwur namanipun - ing manah kêdah lajêng tuwuh kapengin niru. Sanajan wohing tiru-tiru punika sakawit botên marêmakên, nanging manawi tansah kaudi indhakipun, sampun têmtu sagêd ngêtrêpi kados ingkang dados idham-idhamanipun.

Unggul-unggulan kados caranipun murid anggènipun sinau, lan unggul-unggulan dhatêng samukawis ingkang sae adamêl saya rikating kamajêngan.

Jor-joran ngupados arta, sinau, gêmi, anggènipun dana, dêdamêlan barang-barang lan pintên prakawis ingkang sae, mugi-mugi sagêda sumêrêp ing rah dagingipun bôngsa Jawi.

Wignya: Pêmalang.

Raos Jawi.

Kêsêngsêm iku mahanani kêtliwêng.

Pocapan ing nginggil punika manawi rinaosakên sayêktos, katingal tètès kalihan kawontênanipun, saminipun kadosdene pocapan Malayu: Cinta itu buta. Têmbung kêsêngsêm punika manawi katêmbungakên kasar sagêd kaucapakên mêndêm. Mila sampun layak bilih raos kêsêngsêm ing samukawis punapa kemawon, lajêng sagêd kêtliwêng ing prakawis sanèsipun ingkang langkung wigatos tinimbang ingkang dipun sêngsêmi wau. Bab punika manawi kajèrèng-jèrèng sagêd dados sakalangkung panjang. Ing ngriki kula namung damêl pola sawatawis, kangge ular-ular ngiyas-ngiyas ing prakawis sanèsipun, mênggah katranganipun kados ing ngandhap punika.

Ha: Tiyang kêsêngsêm ing kadonyan (kawibawan, [(kawi...]

--- 243 ---

[...bawan,] kabandhan, kamuktèn, kabrayan, sapiturutipun) punika mèh kenging kapasthèkakên lajêng kêtliwêng, ing kaakheratanipun (kamanungsanipun) kalimput, kang môngka sanyatanipun kaakheratan (kamanungsan) punika langkung wigatos katimbang kadonyan. Mênggah pasaksènipun têtiyang ingkang kêsêngsêm ing kadonyan punika, kados ta: têtiyang sudagaran, yèn ta ngantos kêsêngsêm ing kadonyan, lajêng nuwuhakên bêbasan mata dhuwitên, wani nindakakên ing tindak ingkang nalisir saking wèting kamanungsan, kados ta: lampah mitnah (maeka) ing kancanipun ingkang nunggil golongan, sarana nindakakên jor-joran, ngrèntênakên arta ingkang matikêl-tikêl, sapanunggilanipun. Kêtliwênging raos, botên angrumaosi babar-pisan, bilih tindakipun ingkang kados makatên wau, kalêbêt lampah ingkang nalisir saking lêlêrêsan. Makatên ugi têtiyang ingkang kasêngsêm ing kawibawan (pangkat) saya agêng ingkang jinangkah, saya langkung agêng anggèning purun nindakakên ing pitnah (paekan) lan kasangsaraning sasamining titah, malah sagêd ugi ngantos têgêl adamêl pêpêjah mayuta-yuta, ngatutakên têtiyang ingkang botên gêgayutan ing piyambakipun. Mênggah wujudipun inggih punika pêrang donya taun 14-18. Sarta ingkang badhe dipun ambali ing môngsa sapunika. Inggih kados makatên punika lêkasipun para ingkang sami kêsêngsêm kadonyan, ngantos kêtliwêng ing kaakheratipun. Inggih kadonyan ingkang kados makatên punika wau, donya ingkang sampun kawêca ing dalêm kitab suci: bôndha lan anakira iku malah dadi pitnah marang sira. Jalaran, sanadyana manungsa punika sinung kadonyan sagêd angêlun jagad, bilih botên sagêd adamêl ing karahayoning jagad, mênggahing para ahli raos batin, kalêbêt barang ingkang ambêbayani tumrap ingkang kadunungan.

[Iklan]

Wontên lajêngipun

Kyai Pacitan.

--- 244 ---

[Grafik]

Inuman wowohan.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 18.

Adêgipun Conserven-Laboratorium punika kasêmbadan sagêd migunani agêng kados sêdyanipun, suka margi sae dhatêng lampahing pagaotan pribumi. Môngka nyata asil siti ingkang awarni wowohan ing tanah ngriki botên kêkirangan. Mila gêgandhenganing lampah ingkang kados makatên punika pantês tinampi kanthi suka sukur.

Minôngka tôndha yêkti, ing sapunika sintêna kemawon sagêd tumbas inuman wowohan dhatêng wande minuman tuwin sanès-sanèsipun, sagêd ngraosakên sêgêring duduh wowohan warni-warni, ingkang dipun wadhahi ing gêndul pèni rêsik tuwin apik. Saya langkung agêng pigunanipun tumrap papan panggenan ingkang kêkirangan wowohan, lajêng gampil angsal duduh wowohan ingkang isi pitamin, botên beda kados wowohan enggal.

Nginggil: toya wowohan nuju kawadhahan ing gêndul. Sisih têngên: gêndul agêng-agêng ingkang isi toya wowohan.

--- 245 ---

Jagading Wanita

Bothekan.

Botor kadhawung tuwin rasuk angin.

Botor punika isi woh kêcipir, golongan kêlimrah sangêt, nanging manawi kangge jampi, limrahipun kanthi kadhawung tuwin rasuk angin, dene limrahipun, tiyang manawi ngucapakên badhe panganggèning jampi wau: botor kadhawung.

Kêcipir punika kawitipunwitipun. mrambat, kuwawi ngantos taunan, wohipun alingir sakawan, wujudipun ngantos dipun tiru wontên ing panganan, dipun wastani: cipiran. Wohipun ingkang taksih anèm, kalêbêt dados janganan, dipun kulub kagge pêcêl utawi kangge jangan asêm pêdhês. Manawi dipun gudhang mêntahan dipun rajang lêmbat.

Manawi wohipun sampun garing, lajêng dipun oncèki, isinipun nama botor, panyadenipun dhatêng crakèn. Mila tiyang pados botor punika gampil, makatên ugi kadhawung.

Ing tanah Pasundhan, botor kadhawung punika dipun sade gorengan sangan kados kacang gorèng, manawi dipun têdha raosipun pait langu wontên tungtungipun gurih sakêdhik. Dayanipun agampilakên wêdalipun angin.

Limrahipun botor kadhawung punika kangge tapêl lare alit manawi nuju ambadhêdhêg wêtêngipun, mawi dipun wêwahi rasuk angin, bangsaning thêthukulan ingkang nemplok ing wit-witan ing parêdèn.

[Grafik]

Kêcipir punapadene witipun.

Pandamêling tapêl wau irasan, caranipun makatên: botor kadhawung sami dipun bakar, lajêng dipun oncèki dipun mamah kalihan rasuk anginipun pisan, salajêngipun dipun sêmprot-sêmprotakên ing wêtêngipun lare, lajêng dipun ambêni. Padatan, lare ingkang ambadhêdhêg wêtêngipun makatên wau, lajêng sagêd ngêdalakên angin.

Patrapipun jampi dipun mamah, punika saèstunipun [saè...]

--- [246] ---

[...stunipun] botên ngrêsêpakên, nanging punika kalimrah sangêt, sabên napêli lare alit, limrahipun dipun tindakakên makatên.

Nate wontên tiyang pitakèn, punapaa têka dipun mamah, punapa botên prayogi pun pipis. Wangsulanipun ingkang dipun pitakèni, limrahipun lare alit, punika botên kuwawi kataman ing asrêp, manawi jampi dipun pipis, punika dayanipun asrêp beda manawi dipun manah:mamah. angêt.

Mangangge Mriyayèni.

Sayêktosipun mangangge mriyayèni punika manawi dipun titi pancèn kikrik, inggih ngambah birai, kajêngipun botên purun akrah-ekroh, nanging pinanggihipun dhawah prasaja. Têrangipun makatên:

Gêlungan kêdah sae, ngangkah sakeca, traping rambut alus, ngangge lisah cêmcêman. Ing bab gêlung punika, têtandhinganipun wontên ing jaman sapunika kathah ingkang ngosokwangsul, rambut malah rêmên ingkang pêra botên kambêtan lisah, nganggea lisah apêsipun inggih minyak rambut, minggahipun dhatêng ingkang dipun wastani sêtakom. Mênggahing têtimbangan nama anjomplang, nanging manawi nitik kajêngipun, inggih irib-iriban kemawon, namung tumraping cara kina wau, gêgujênganipun dipun wastani sampun botên anjaman.

Pupuran punika sampun tamtu, bokmanawi prakawis pupuran wau, ing golongan mriyayèni malah kapara mênang bêsus, awit sajatosipun pupuran punika botên ngêmungakên kangge kabrêgasan kemawon, ugi tumônja dados pangrêksaning kulit, ngantos sêpuh pisan, ajêg taksih pupuran. Dene pupuripun pupur têlês, ingkang anggadhahi daya asrêp. Mila dumugining sêpuh awis ingkang rainipun pinanggih tuwanên (pating balêntong cêmêng ing rai).

Tapihanipun tamtu wiron, ingkang sinjangipun sampun dipun wiru rumiyin ngantos mèpèt pêjah tuwin dipun lêmpit dhamis miturut caraning lêmpitan sinjang ingkang sampun wiron. Mênggahing wiron ingkang sampun pêjah, punika ngotên gampil udharipun, mila sanadyan tanpa japitan, inggih taksih sae kemawon, malah manawi kangge mlampah sagêd mêgar mingkup dados sêsêkaraning lampah. Dene lêmpitan, punika sawêg pinanggih wontên gagrag enggal, tumrap mriyayèni ingkang akajêng bêsus, botên purun ngangge, wiwit wironipun namung badhe gandhul-gandhul, malah tumraping panacad, dipun wastani botên sagêd dandan.

Gêlungan, pupuran tuwin tapihan, punika dados bakunipun tiyang dandan, awit sadaya badhe katingal wontên ing wujud, panacad tuwin pangalêming liyan badhe pinanggih wontên ing ngriku.

Ing sarèhning bab dandan punika prêlu badhe kapanjangakên, kacêkak samantên rumiyin.

--- [247] ---

Baita Pêrang Tiga

I.

Garèng : Uwong nganggur kuwi, jarene sok diparibasakake dadi bantaling ebils laknat. Mulane, tinimbang nganggur dianggo sarean karo kyaine wijajil, bok ayo padha dhebat kêras prakara kapal pêrang, Truk.

Petruk : Kowe kuwi, kasarane pancèn rada sugih keyong putih. Prakara kapal pêrang koarêp didhebat. Sing didhebat apane.

Garèng : Ngene, Truk. Têlung minggunan saprene, layang-layang kabar Jawa Lônda Tionghowah êncik gogik myang sêpèi, cêkake layang kabar saindênging nusantara kene, padha umyung ngrêmbug bab kapal pêrang bênggala.

Petruk : Êng, dhèk padha ngrêmbug: onsêslah sêkèpên kae.

Garèng : Êmbuh cara Holan sêprèkêne, nèk cara Jawa tak arani kapal pêrang bênggala.

Petruk : Iya patut, hla wong nyatane ora mung gêdhi, gêdhêm bangêt, tur hebat bangêt kae, Kang Garèng. Sing jênêng slah sêkip utawa kapal pêrang bênggala kuwi, prasasat bètèng waja kumambang, bolongane mriyême kêna dianggo dhangsah macan loro.

Garèng : Iyah, nèk gunêman ki tanpa nganggo diêrem. Ana bolongan mriyêm kok kêna dianggo dhangsah macan gembong loro, niyat padha karo blombongan ing guwa langse ane. Aku rada maido, Truk.

Petruk : Macan gembong sing mêntas lair.

Garèng : Hla nèk bayi macan, rada mèmpêr. Dadi, ambane kira-kira ming bangsane têlung dhèsi. Wèh, nèk wêruh wujude, ayake awakku gumêtêr tuwa. Hla wong bolongan mriyêm kok sêmono ambane.

[Grafik]

Upama mustakaku tak tlusupake, rak mak blus ngono bae. Hêm, ora ilok têmênan. Kamajuaning wong gawe gêgaman pancèn hebat bangêt. Ora, Truk, kabar-kabare kapal bênggala siji rêgane pirang gelo.

Petruk : Nèk rêgane mono ora pati akèh, mung kiwa têngêne satus yuta gelo.

Garèng : Êng, kok iya ora pati akèh. Upamane dièrkupake ana

--- [248] ---

ing kene, ayake mêksa ana bangsane pyiyayi bayaran sing wani nrajang.

Petruk : Saiki coba dietung, Kang Garèng. upamane kowe irkup kapal pêrang bênggala sitok. Nèk kontan, rêga satus yuta, nèk irkup dianggo murah tambah 20%, dadi rêga satus rongpuluh yuta gelo. Upamane sêsasi kok cicil sapuluh gelo.

Garèng : Aku kok êkon nicil sapuluh gelo, tênèh pawonku gonjang-ganjing, hla wong pamêtuku komplit ming limang ringgit, jare. Samono kuwi nèk wutuh ora dicowok bon-bonan ênggone babahe.

Petruk : Ming dianggo upama, Kang Garèng, ora tênan. Upamane sêsasi kok cicil sapuluh gelo, coba sahe pirang taun.

Garèng : Satus rong puluh yuta gelo, ana sêpuluh rupiyah kaping rolas yuta, dadi sahe ing dalêm rolas yuta sasi.

Petruk : Dadi pirang taun.

Garèng : Sataun ana rolas sasi, dadi rolas yuta sasi ana sayuta taun.

Petruk : Umurmu saiki pira.

Garèng : Besuk sasi Marêt tanggal ping rolikur kiye, aku gênêp pitung windu, sèkêt ênêm taun.

Petruk : Hla, saiki kowe krasa apa durung. Nèk kowe irkup slah sêkip sitok bae, têkan anak putumu turun kaping sapuluh èwu durung sah.

Garèng : Wala-wala kuata ilabillah. Rêgane kok ora ilok bangêt ngono, Truk.

Petruk : Rumangsamu petungan nganggo milyun-milyunan kuwi ilok, apa. Nèk mung muni bae gampang, rong milyun, têlung milyun, satus milyun ..., nèk wêruh wujude sida sumlêngêrên tuwa kowe.

Garèng : Môngka nagara Holan olèhe arêp anggawèkake slah sêkip têlung iji, Truk. Dadi gunggung kumpulane kurang luwih rêga têlung atus milyun. Kaya ngono kuwi, apa ora klêbu royal. Tinimbang dianggo gawe slah sêkip, nèk aku luwung tak lêbokake mênyang bang, sataun manak patang pêrsèn, wis bisa olèh anakan patang pêrsène têlung atus yuta gelo, yaiku rolas yuta gelo, dadi sêsasi wis duwe pamêtu rêsik sayuta. Wèh nèk aku duwe pamêtu samono, hla mbok ditari dadi porsètêr polêksêrad êmoh.

Petruk : Ngêtokake dhuwit sing têmanja lan prêlu, kuwi ora jênêng royal. Upamane aku, tuku tômba sagêndul rêga sapuluh gelo, kuwi jênêng biasah, sabab tômba mau prêlu bangêt. Nanging yèn aku wani tuku sampahnyê sagêndul rêga sêpuluh, kuwi jênêng royal bangêt, sabab sampahnyê mau dudu barang prêlu.

--- 249-250 ---

[Halaman hilang]

--- 251 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

TANAH NGRIKI

Karampunganing rêmbagipun C.P.P.S. XI. Miturut karampunganing rêmbagipun Comite Pêringêtan Pêrnobatan Sêri Susuhunan XI, ngumumakên: 1. Ngêdêgakên tugu pèngêtan jumênêngdalêm Nata wontên ing Tipès. 2. Pamasing sela sakawit kadhawahakên ing dintên jumênêngan Nata ing wulan April ngajêng punika. 3. Benjing pambikakipun mawi paargyan agêng-agêngan. Tuwin rêmbag sanès-sanèsipun. Awit saking dhawuhipun K.G.P.H. Mangkoeboemi, panyuwunipun fonds dhumatêng Ingkang Sinuhun, kaparêngakên.

[Grafik]

Dumugi ing Tanjung Priok. Ing sawatawis dintên sampun kêpêngkêr, K.R.A.A. Soejono ingkang nêmbe kaangkat dados Lid Raad van Indie sampun kondur angajawi, dumugi ing Tanjung Priok kathah para pangagêng golongan Eropa tuwin Pribumi ingkang sami mapagakên. Inginggil punika K.R.A.A. Soejono sakalihan R. Ajoe (gambar têngah) kagarubyug ing para agêng wontên ing nglêbêt kapal Dêmpo.

Kadarmanipun autobus-Dienst Sibual-buali. Awit saking kajêngipun pangajênging panggaotan Autobus-Dienst Sibual-buali ing Sipirok, sawarnining hoofdredacteur ariwarti tuwin kalawarti Pribumi, samangsa kêkesahan nyanggi damêl, manawi numpak autobus wau namung lêlahanan. Tumrap utusan sawarnining pakêmpalan manawi badhe dhatêng parêpatan ingkang kamanah wigatos, angsal sudan. Sintên ingkang badhe nindakakên pêrlu punika kêdah prasabên dhatêng pangagêng panggaotan punika ing Sipirok (Tapanuli). Dene margi ingkang dipun ambah antawising margi saking Siantar dhatêng Bukit Tinggi, punapa malih ing laladan Tapanuli.

Congrês Partij Pasundan. Benjing tanggal 21 dumugi 25 Maart punika, Partij Pasundan badhe ngawontênakên paargyan, manggèn ing kitha Bandung, pêrlu mèngêti adêging pakêmpalan sampun 25.

Pajagèn ing rêdi Mêrapi. Ing sapunika ingkang wajib sampun ngêdalakên buku ing bab cara-caraning tumindak ing damêl ing bab panjagining rêdi Mêrapi. Buku wau ingkang ndamêl pangajênging Dienst babagan rêdi latu, Dr. Stehn tuwin residhèn ing Kêdu. Têbaning panjagi ugi angèngingi pangrèhpraja ing Boyolali. Ingriku ugi kawontênakên ewah-ewahan panggenan têlpon.

Maargya Sura tuwin mbikak gêdhong main bolah. Ing Habipraya Surakarta mêntas kawontênakên paargyan ngurmati tanggap warsa Sura tuwin ambikak gêdhong pirantos main bolah. Paargyan punika dipun jênêngi ing utusandalêm Nata, B.K.P.H. Hadiwidjojo. Wêwakiling pangarsa, Mr. R.M.H. Kartodipoero mêdharsabda ingkang suraosipun: Sawarnining bangsa punika kêdah gadhah tanggap warsa (taun baru) tuwin kêdah ngawontênakên paargyan ingkang têtêp. Wontênipun Sura punika dipun pèngêti, sanadyan sampun kasèp, supados Pribumi sami èngêt anggènipun sami kasupèn. Ing pamuji mugi-mugi pèngêtan punika dados jalaran dipun absahi dhatêng ingkang wajib kados kalimrahaning taun barunipun sanès bangsa. Ing salajêngipun kawontênakên paargyan pambikaking gêdhong. Utusandalêm mêdharsabda ingkang suraos maringakên bêrkah pamujidalêm. Wusana kasambêt ing têtingalan gambyongan tuwin wirengan, ngantos lingsir dalu sawêg bibaran, wilujêng.

Wêdharsabdadalêm K.T. Ingkang Wicaksana dipun pasang ing plaat gramofoon. Kala tanggal 29 Februari kêpêngkêr, K.T. Ingkang Wicaksana rawuh ing gêdhong Nirom, pêrlu mêdharsabda dipun pasang ing plaat gramofoon. Wêdharsabda wau pêrlu badhe dipun êcakakên benjing samangsa bikakipun Holland House ing New York.

Wêwakildalêm K.T. Ingkang Wicaksana. Ing salêbêtipun K.T. Ingkang Wicaksana têdhak ing Sumatra Pasisir Wetan, Acèh tuwin Tapanuli, wiwit tanggal 4 Maart punika, ingkang makili padamêlan Mr. H.J. Spit, vice-president Raad Indiya.

Pamulangan luhur kadhoktêran. Lulus doctoraal examen perangan kapisan Tuwan Lio Soen Djian tuwin Thung Liong Tiauw. Lulus doctoraal examen perangan kalih Tuwan Kho Pang Kiauw.

Nindakakên agami. Kawrat kêkancingan saking K.T. Ingkang Wicaksana, Tuwan Tan Tjiauw Hong, kaparêngakên nindakakên agami Kristên wontên ing Jawi Kilèn, kajawi Bantên.

Nyêpêng tiyang damêl arta palsu. Pulisi ing Sêmarang mêntas nggropyok griyanipun Nyonyah L.B.T. pangagênging pabrik obat nyamuk Tay Tjwan ing Karrenweg. Ingriku sagêd manggihakên candu tuwin arta palsu ingkang sami dipun rimat wontên ing griya wingking. Arta paslu wau kathah, kêcêpêng dalah pirantosipun damêl. Ing pangintên sumêbaripun arta palsu wau sampun dumugi pundi-pundi, mangka pabrik Tay Tjwan punika dados sumbêring ngêdalakên arta. Ingkang sampun, sumêbaripun arta wau wontên ing Surabaya.

Jalaraning kawiyakipun kadurjanan agêng ing Surakarta. Ing Surakarta pinanggih wontên kadurjanan agêng warni-warni ingkang rêrêgèning barang ngantos f 10.000.-. Dangu-dangu kadurjanan wau sagêd kawiyak, jalaran wontên satunggiling rencangipun durjana ingkang asring kapurih nggantosakên barang, ngangge arta anggèning mêntas nggantosakên, njalari muring-muringipun ingkang ngèngkèn, tiyang ingkang dipun kèngkèn ngantos dipun tangani. Tiyang ingkang dipun tangani wau lajêng kesah, wusana ndongèng dhatêng pulisi.

Jurnalis Bêrita Umum. Miturut wartos, Mr. Sjamsoeddin tuwin Mr. Soeparan, ingkang sami dados pangajêng Parindra ing Bogor tuwin Bandung, badhe dados hoofdredacteur ariwarti Parindra Jawi Kilèn, inggih punika Bêrita Umum. Tuwan Bakri Soeraatmadja badhe kèndêl.

--- 252 ---

Nyirami pusaka. Sampun dipun têmtokakên, kagêm ing Datulaya, sabên wulan Sura anyirami sadaya pusaka Kraton.

Gandhèng kalihan punika benjing dintên Slasa Kliwon tanggal kaping 25 wulan Sura punika ing Datulaya badhe anyirami sadaya pusaka Kraton, watawis ngantos 4 dintên laminipun, sabên dintênipun wiwit jam 8 enjing dumugi jam 3 utawi 4 sontên, papanipun wontên sangajênging kagungandalêm Bangsal Abrit.

Dintên ingkang kawitan nyirami Kg. Kyahi Agêng (Kg. Kahi Plèrèt); sarta sadaya wangkingan, dene ingkang anyirami Kg. Kyahi Agêng G.R.M. Daradjatoen mawi busana wangkidan, para Bêndara Pangeran nyirami wangkingan.

Tigang dintênipun nyirami kagungandalêm pusaka waos sadaya, dene kawan dintênipun nyirami kagungandalêm pusaka sanèsipun, kados ta: Kyahi Tunggulwulung sarta Kyahi Slamêt, lapak Kyahi Jêthayu, cêmêti Kyahi Pamuk, sabêt Kyai Pangarab-arab, bêndera Kyahi Pareanom, Puja lan Puji, sarta bênde Kyahi Hudanarum. (Krapid).

Jumênêngan Nata. Jumênêngan Ngarsa-dalêm Sampeyan-dalêm Ingkang Sinuhun Kg. Sultan ingkang kaping IX punika kalampahan benjing dintên Sênèn Pon tanggal kaping 8 Sapar 1871 (18 Maart 1940).

Dene kirab-dalêm wontên ing dintên Slasa Wage tanggal kaping 9 Sapar 1871 (19 Maart 1940). (Krapid).

[Grafik]

R. Nirnam Rogoatmodjo tilar donya. Kawartosakên, ing nalika dintên Ngahad malêm Sênèn tanggal kaping 28-29 Januari wulan kêpêngkêr R. Nirman Rogoatmodjo, pènsiunan Hoofdschoolopziener Ngayogyakarta tilar donya yuswa 75 taun.

Radèn Nirman punika satunggiling priyatun ingkang acakal-bakal tumut nênuntun pangajaran tumraping dhatêng Rayat (volksonderwijs). Nalika dados Mantri guru wontên ing Karanganyar sagêd kasêmbadan ngêdêgakên sêkolahan kangge lare-lare èstri punapadene sêkolahan-sêkolahan dhusun. Saha ngêdalakên buku waosan Jawi aksara Latijn ingkang karan nama: Buku Nirman. Radèn Nirman anggadhahi bintang salaka agêng. Anggèning nyambutdamêl wontên golongan guru botên ngêmungakên wontên ing tanah Jawi kemawon, ugi sampun nate nyambutdamêl wontên ing tanah Sumatra tuwin Borneo.

Putusan sayêmbara dolanan lare ing Jawi Wetan. Sampun sami kawuningan, saking kêparêngipun Gupêrnur van der Plas, Provincie Jawi Wetan kala wulan Januwari 1939, ngawontênakên sayêmbara nglêmpakakên dolanan lare ing wêwêngkon Madura tanah Jawi Wetan. Ingkang angsal pris tumraping dolanan Madura, miturut putusanipun Jury kados ingkang kasêbut ingandhap punika:

1. Singowidjojo, guru kawula (Sumênêp) pris No. 1 f 75.

2. R. Warak, particulier (Sumênêp) pris No. 2 f 40.

3. Abdoelrazak al. Koesoemodiwirio, guru vervolg ing (Kraksaan) pris No. 3 f 35.

4. R. Noorhasan Sastroasmoro, mantri guru vervolg (Sumênêp) pris pangarêm-arêm f 10.

5. M.S. Nolokoesoemo, guru kawula (Bangkalan) pris pangarêm-arêm f 10.

6. Prawirodipoetro, mantri guru vervolg (Pamêkasan) pris pangarêm-arêm f 10.

7. Sairin al. Setjoasmoro, mantri guru wachtgelder (Jêmbêr) pris pangarêm-arêm f 10.

Kêjawi angsal bêbingah arta, ingkang sami angsal pris wau inggih sami dipun paringi diploma.

Sayêmbara dolanan Jawi (ing Jawi Wetan) dèrèng rampung pamriksanipun.

Rêmbag murih para wêdalan pamulangan luhur katampèn ing kantor gupêrmèn. Ing gêdhong U.S.I. mêntas ngawontênakên pêpanggihan para Student pamulangan luhur ing Bêtawi ingkang dipun jênêngi ing para Professor. Wosing rêmbag ngangkah murih para student ing têmbe sagêda katampèn nyambutdamêl wontên ing kantor gupêrmèn.

NAGARI WALANDI

Panguwaosipun Opperbevelhebber bab radhio telegrafie tuwin telefoon. Opperbevelhebber nêtêpakên pranatan ing bab ewahing telegraaf tuwin telefoon ing taun 1940 tumrap ing sawarnining laladan ingkang wontên undang paprangan, kajawi punika ugi mêwahi, tumrap panguwaos militèr wênang ngèndêli radhio telegraaf tuwin telefoon saha sadaya wau wajib ambiyantu tuwin rumêksa, supados wêwênang ngèndêli ingkang sarana dipun zegel botên ngantos dipun bikak zegelipun.

Pogokan bêrah. Pakêmpalaning para bêrah pêlikan ngintunakên sêrat dhatêng ingkang suka padamêlan, ingkang dipun watêsi ngantos tanggal 1 wulan punika. Kajêng pangancam-ancam wau badhe ngawontênakên pogokan ing golongan bêrah lestrik tuwin techniek ing Amsterdam.

EROPA

Koivisto bêdhah. Kawartosakên, wadya Finland sasampunipun nyuwungakên pulo Koivisto ugi lajêng badhe nyuwungakên Sakkijaervi ingkang têbihipun wontên 8 km saking Viipuri, mênggah kajêngipun anggènipun nyuwungakên ngriku punika namung pêrlu kangge ngungsèkakên têtiyang ingriku. Sarêng Koivisto sampun dhawah ing Ruslan, Sakkijaervi lajêng kangge lesan pangêbomipun Ruslan.

Panêmpuhipun wadya Ruslan ing Karelie. Miturut katrangan ing tanggal 27 Februari, wadya Ruslan saking Leningrad têrus ngrêrisak wadya bêbantu Finland ing Karelie. Ingriku wadya Finland sagêd nanggulangi ingkang adamêl karisakan agêng tumraping mêngsah.

Jerman ngudi rukuning Ruslan kalihan Finland. Miturut wartos, Jerman tansah ngudi murih Ruslan kalihan Finland sagêd rukun. Manawi tindak punika sagêd kalampahan tumuntên, para ministêr sajawining praja Denemarken, Zweden tuwin Noorwegen nganggêp bilih tindak punika saking rêrigênipun Jerman. Sajatosipun tumrap Jerman, manawi nagari ingkang pasulayan wau sagêd rukun, Jerman inggih manggih paedah tumrapipun wontên Eropah Lèr. Ing bab punika wontên wartos bilih Jerman mara-marakakên anggènipun Ruslan badhe sèlèh dêdamêl. Namung sajatosipun wartos ingkang kados makatên punika tumrapipun Ruslan botên wontên.

Finland mêling dêdamêl dhatêng Amerika. Parentah Finland wiwit pêrang kalihan Ruslan sampun mêling dêdamêl dhatêng Amerika rêrêgèn 1.000.000 dollar, mêdal saking artanipun Finland piyambak. Dene arta sambutan saking Amerika 20.000.000 kangge kabêtahan sanès.

Pinanggihipun paprangan ing Viipuri. Ing tanggal 28 Februari campuhipun pêrang wadya Ruslan kalihan wadya Finland ngantos 48 jam. Kintên-kintên wontên wadya Ruslan 350.000 ingkang tumandang ing damêl, nêmpuh barisan Finland ingkang panjaginipun 50 km. Panêmpuhipun wadya Ruslan wontên 6 panggenan. Ingriku wadya Finland inggih angsal wadya bêbantu.

Miturut wartos, panêmpuhipun wadya Ruslan wau dèrèng kalampahan sagêd mbobol pabarisan Finland ing Viipuri. Wadya sanjata mêsin Finland têrus nglêpasi. Wadya Ruslan têrus ngangsêg kanthi ngêtog karosan, wadya Finland nandhingi kalihan ulah mundur. Kalih pisan sami manggih karisakan.