Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-02, #1669

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1940, #1669
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-01, #1669. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1530.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-02, #1669. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1529.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-03, #1669. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1528.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-04, #1669. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1527.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-08, #1669 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1526.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-09, #1669. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1525.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-10, #1669 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1524.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-11, #1669. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1523.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-12, #1669. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1522.

--- 173 ---

Ôngka 14, Ju Pa, 7 Sura Dal 1871, 16 Pèbruari 1940, Taun XV.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Slasa lan Jumuwah

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 Bêtawi Sèntrêm.

Rêdi Mêrapi

[Grafik]

Sêngsêmira kang ardi Marapi / nèng sawangan kalangkung mirêna / prandene sirna manise / ing kalanira bêndu / anggung krura anggêgêteri / lir krodhaning Hyang Kala / kang arsa nglêlêbur / kang mangkana krodhanira / pinrih lilih dening tindaking pra ahli / angudi ayunira//

warna-warna caraning pangudi / myang pajagan kang anggung umulat / ywa kongsi lacut krodhane / kang mangkana tinêmu / sruning krura satêmah lilih / parandene tan kêndhat / ing pambudinipun / mrih lulus ing saniskara / aywa kongsi mawèh gawe kang sayukti / têmah mangguh raharja //

--- 174 ---

Dintên Ngasura (Tanggal 10 Wulan Mukharam)

Bôngsa Jawi saha golongan muslimin, ingkang limrah botên wontên ingkang mulyakakên ing dintên wiwitaning warsa Jawi utawi warsa Arab (ping 1 wulan Mukharam), dene ingkang sami kamulyakakên, inggih punika tanggal kaping 10 ipun. Basanipun Arab, mastani dintên Asura. Ingkang makatên wau, namaning wulan Mukharam ngantos katut namaning dintên wau, lajêng sinêbut wulan Sura. Malah tumrap têtiyang Muslimin, botên ngêmungakên dintên ngasura kemawon, sanadyan ing dintên sadèrèngipun Ngasura, ugi katut kamulyakakên, inggih punika kawastanan dintên: Tasunga (tanggal ping 9 Mukharam). Dene anggèning mulyakakên sarana nglampahi siyam sunat, ing dintên kêkalih wau karana itibak (nulad) ing tindakipun Kangjêng Nabi Mukhamad. Panjênênganipun nate kawêdhar dhawuh pangandikanipun makatên: Yèn aku pinarêngake bisa mênangi dina Tasunga, ing taun ngarêp iki mêsthi iya bakal muwasani ing dina iku manèh.

Wasana sarêng dumugi kaping 12 Mulud (Rabingulawal) panjênêngan seda, dados botên mênangi ing dintên Tasunga.

Sabab punapadene para têtiyang Islam têka sami mulyakakên ing dintên Ngasura wau, mênggah katranganipun sawatawis kados ing ngandhap punika.

Ingkang kawirayatakên ing dalêm Hadis, makatên:

1. Tumitahipun bumi (jagad) tuwin langit punika kalêrês ing dintên Ngasura. 2. Tumitahing jin lan manusa punika ugi ing dintên Ngasura. 3. Tumitahipun para malaikat ugi ing dintên Ngasura. 4. Nalika Kajêng Nabi Adam kaboyong dhatêng swarga ugi ing dintên Ngasura. Tuwin sanès-sanèsipun taksih wontên.

Kajawi ing nginggil, golongan muslimin punika, wontên ingkang sinêbut: Singak. Golongan Singak punika ingkang agêng, sami dumunung ing tanah Indhu (Bombèi). Inggih punika ingkang sami gadhah kapitadosan bilih sahabat nabi ingkang inganggêp luhur piyambak pangkatipun, punika sakhabat Ngali bin Abutalib. Golongan wau langkung migatosakên sangêt anggèning sami mulyakakên (mèngêti) ing dintên Ngasura, jalaran dintên Ngasura punika titimôngsa sedanipun Sayid Khasan, putranipun Sang Sakhabat Ngali. Mênggah dêdongenganipun sawatawis kados ing ngandhap punika:

Nalika taksih sugêng dalêm Kangjêng Nabi Mukhamad, mêdharakên wêcanipun dhumatêng sahabat Mungawiyah, bilih anakipun sakabat Mungawiyah, ingkang samangke (wêktu mêca) dèrèng wujud (tumitah) badhe sagêd ngêndhih kakholipahanipun têdhak rasul, lan wêktu wahyaning môngsa

--- 175 ---

punika, ing Mêkah badhe wontên darêdah agêng.

Sakhabat Mungawiyah mirêng wêca kados makatên wau, kalangkung sangêt trênyuhing pênggalihipun. Sakala punika prasêtya botên badhe ngêmpali wanita ngantos dumugi saajalipun, awit manawi ngantosa nuwuhakên turun, winêca badhe ngêndhih darah Rasululloh, ingkang kados makatên punika, panyuwunipun sampun ngantos.

Sampun dilalah, sarêng sakabat Mungawiyah sampun yuswa antawisipun 90 taun, pinaringan gêrah kalamipun. Raosing gêrah, kalangkung rêkaos sangêt. Ing wanci lingsir dalu pikantuk ilham saking gaib bilih botên wontên usadanipun, kajawi manawi ngêmpali wanita, awit saking ingkang makatên wau, sang sakabat Mungawiyah kapêksa jêjampi, jêr botên kuwawi sabar nahanakên ing gêrahipun. Sanadyan ngêmpali wanita mêksa milih ingkang sampun sêpuh, tur gabug. Ewadene wanita wau sagêd anggarbini. Nanging dèrèng ngantos lair, sakabat Mungawiyah seda.

Sapêngkêring sang sakabat, pun jabang bayi lair, kanamakakên Yazid. Inggih Yazid punika ingkang calon jumênêng kholipah ingkang kaping 5 anggêntosi Bagendha Ngali. Mila wiwit alit sampun wontên titikanipun mênggah ing kalangkunganipun.

[Iklan]

Kocapa, ing sasurudipun Sang Bagendha Ngali, putranipun ingkang cinalonakên anggêntosi kaprabon, inggih punika : putra kakung kêmbar kêkalih (Sayid Khasan lan Khusèn), sarêng badhe kajumênêngakên kholiphah sami botên karsa, jalaran wiwit timur sang bagus kêkalih wau, sami nêngênakên ulah kapandhitan, botên mangrêtos prakawis ulah kaprajan utawi kaprajuritan. Ewadene rèhning dêlêging kakholiphahan kêdah panjênênganipun priyagung kêkalih wau, langkung-langkung priyagung kêkalih wau kalêbêt darah rasul ingkang tlêcêr, sanajan saking èstri (Siti Phatimah). Nanging sarêng badhe kapêksa kajumênêngakên kholiphah, putêking panggalih lajêng lolos dhatêng samadyaning wana, sarta dèrèng nilari wêling, sintên ingkang pinarêngakên anyulihi kholiphah.

Gancaring cariyos, saking golonging rêmbagipun para muslimin ing Mêkah, ingkang kapilih kajumênêngakên kholiphah, inggih darah Mungawiyah (Yazid) wau. Tètès kadosdene wêcanipun Kangjêng Rasul kasêbut ing nginggil. Wontên lajêngipun.

Kyai Pacitan.

--- 176 ---

Kangjêng Radèn Adipati Arya Suyana tuwin Prins Benhard.

[Grafik]

Kangjêng Radèn Adipati Arya Suyana, warga rad Indhia enggal, ing sadèrèngipun bidhal, pinahargya kêmbul bujana dening Raad van beheer Koloniaal Instituut ing Amsêtêrdham. Kala punika Radèn Adipati Arya Suyana lênggah jajar kalihan Sri Paduka Prins Benhard saha tansah wawan pangandika.

Mundur saking pasarean ing Imagiri

[Grafik]

Panjênêngan dalêm Gusti Bandara Radèn Mas Darajatun tuwin Gusti Kangjêng Ratu Pambayun, nalika mundur mêntas sowan saking pasarean dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan VII ing Imagiri.

Kêpyakan bupati enggal

[Grafik]

R.T. Umarsaid, bupati enggal ing Kuningan, nalika mêdhar sabda mangsuli wêdhar sabdanipun gupêrnur Jawi kilèn anggèning kangêpyakakênangêpyakakên. dados bupati. R.T. Umarsaid punika putranipun Tuwan Mangundimêja, mantri gudhang sarêm ing Karangampèl ingkang sampun pènsiun, wayahipun Tuwan Ranadikrama, naib kabupatèn Pangasih, Ngayogya. Taksih wontên gêgayutanipun kalihan ingkang Bupati Purwarêja R.A.A. Cakranagara.

--- 177 ---

Kasarasan

Bab Pamrayogi Tumrap Tiyang Badhe Nglampahi Salakirabi

Karanganipun R. Sumadirja, Ind. Arts. Ungaran

Sambêtipun Kajawèn nomêr 11

Sanajan samangke sampun kathah tiyang èstri ingkang mangrêtos, ewadene namung satunggal kalih ingkang purun kapriksa dhoktêr, kajawi yèn sampun gadhah semah, saha semahipun purun mêksa. Utawi yèn sêsakitipun sampun sangêt, sampun ambruk utawi sampun rêkaos kangge mlampah, sawêg nêmbe gadhah pikajêng jêjampi dhatêng dhukun, makatên ugi yèn griyanipun cêlak kalihan umbul toya bêntèr sawêg purun adus lan rêrêsik mawi toya bêntèr wau. Dene yèn ingkang sakit ragi mangrêtos kêpèpètipun inggih namung mrêlokakên pinanggih dhatêng Verpleger utawi dhoktêr nêdha jampi.

Cêkakipun ingkang kathah tiyang sakit makatên punika, anggènipun jêjampi yèn sakitipun sampun sangêt utawi kasèp, awis sangêt ingkang tumuntên nêdha jampi dhatêng dhoktêr. Awis utawi lôngka sangêt kula anjampèni tiyang Walandi utawi tiyang jalêr ingkang anggènipun sakit sawêg nêmbe kemawon, ingkang kathah inggih sampun wulanan, malah wontên tiyang èstri ingkang sampun wawrat nêmbe nêdha tulung dipun jampèni.

Môngka sêsakit punika yèn nêmbe dintênan utawi sawêg saminggu lajêng dipun jampèni ngangge jampi enggal, punika ing salêbêtipun 10 dintên utawi dangunipun 2 minggu sagêd saras blas. Nanging manawi kasèp sampun antawis dangu ngantos wulanan, inggih ragi dangu sagêdipun saras. Manawi sêsakitipun mawi complicatie, têgêsipun mrèmèn dhatêng perangan badan sanèsipun, têmtu langkung dangu, yèn mrèmènipun dhatêng perangan ingkang pramana, sagêd ambêbayani utawi aniwasi.

Tuladha-tuladha sampun kathah ingkang kula yêktosi, botên prêlu kula aturakên ing ngriki, awit anggêgirisi sarta inggih mêmêlas, margi têtiyang ingkang sakit wau kirang pangrêtosanipun botên tumuntên nêdha pitulunganipun dhoktêr.

Punapa malih sêsakit punika wisanipun botên sami, wontên ingkang kêras, wontên ingkang botên, awit yèn kenging sêsakit ingkang wisanipun kêras, môngka botên tumuntên dipun tulungi, inggih punika dipun jampèni ingkang saèstu, sagêd ambêbayani utawi aniwasi. Wontên lajêngipun.

--- 178 ---

Jagading Wanita

Pangangge Ambandarani

Pangangge ambandarani ingkang kaandharakên ing Kajawèn kapêngkêr, sampun kagalih mêmaoni tuwin ngrèmèhakên sapanunggilanipun, ing ngriki namung prêlu kangge anjêmbarakên wawasan gêgayutanipun kalihan kasusilan punapadene ewahipun wontên ing jaman sapunika.

Ing bab sinjang parangrusak, punika tumrapipun têtiyang ing Surakarta ingkang nama abdi dalêm dumugi warganipun, sami botên purun ngangge, jalaran saking dados awisan. Wontêning awisan ingkang kados makatên wau ngantos tumanêm yêktos, tiyang ingkang botên wênang, kêladukipun ngantos dados botên rêmên dhatêng sinjang parangrusak. Makatên malih, ing jaman kinanipun, manawi wontên tiyang ingkang botên wênang mangangge sinjang parangrusak ngambah ing papan wêwêngkoning karaton, upami ing alun-alun, punika kenging dipun anggrag tuwin kasêrêg. Nanging tumrap priyantun ing pasisir, kajawèkakên.

Mirid wontêning tatacara ingkang makatên punika, tumrap ing Surakarta lajêng nuwuhakên raos kasusilan. Nanging pinanggihipun wontên ing jaman sapunika, sanadyan wontên ing Surakarta piyambak inggih sampun ewah, sinjang parangrusak sampun dipun angge ing sintêna kemawon, ewasamantên ugi taksih nyenggol raos supaya diarani.

Ing bab tindak kabiraèn ingkang wontên ing wadana, punika tumraping para bandara, mawi dipun wangun, nama sampun limrah, saya tumraping para kakung. Mila ngantos wontên wangunipun imba ingkang dipun wastani: pangotan, tanggal sapisan, ngucêng mati tuwin sanès-sanèsipun, manawi godhèg wontên ingkang dipun wastani ngudhupturi. Bab kuku dipun pacar abrit, bengesan, rumiyin mila sampun wontên, namung umumipun ingkang sanès bandara, manawi tumindak cara makatên, lajêng dipun wastani botên sae. Malah ucaping ngakathah, manawi wontên tiyang birai kados makatên, dipun wastani kados tiyang Sala.

DiwasanangingDiwasaning. jaman, ingkang pinanggih wontên ing sapunika, tatacara Eropah sumrambah dhatêng tanah ngriki, kathah ingkang nulad mangun alis, bengesan, tuwin kukunipun abrit. Nanging bakunipun tuladan saking Eropah.

Kados makatên ewah gingsiring tatacaranipun dandos. Dados panganggêp awon sae punika botên ajêg, namung manut jamanipun.

[Iklan]

--- 179 ---

Nyaponi Sambutan

II

Garèng : Kok iya mèmpêr, Truk. Nyatane, prabote kapriye yèn Jawa kuwi pancèn akèh. Satêngah taun saprene, ana pènsiunan bupati sêsorah ana ing Sêmarang. Ing kono dingandikakake, titikane priyayi karo dudu, kajaba ketok ana ing solah-tingkahe, iya ketok ana ing sandhang panganggone. Yèn jinising priyayi, ora tau kuplukan lan sarungan. Sabên dina mêsthi nganggo jarit apik, wirone mlèpès, ênggone ikêt-ikêtan pleredan, klambine ajêgan sêtlikan kêras. Lho, kuwi Truk. Lagi padinane bae kudu kaya mêngkono, mendah iba minggone, sasenane utawa taunane. Kuwi lagi tumrap marang priyayi lanang, hla sing wedok mêsthine kudu saya mompyor. Cêkak aos, wragad kang dianggo ngetokake kapriyeyènkapriyayèn. pancèn akèh. Ananging, saka pangiraku, B.B. bae, sing padha kajêngklok kuwi.

Petruk : Mêsthine golongan priyayi liyane iya akèh, hla wong priyayi jare.

[Grafik]

Garèng : Hla sabab dening apa, kok ming priyayi B.B. thothok sing dirêmbug. Kaya ngono kuwi apa ora nuwuhake rasa kêmèrèn.

Petruk : Ana ing polêksêrad iya uwis ana sing ngucik, Kang Garèng. Ananging, saka karsane pamrentah têtêp, sing dirêmbug dhisik priyayi B.B., jalaran priyayi B.B. kuwi, kêna diarani sapukawate nagara. Kêjaba kuwi, ana ing kalanganing kawula, priyayi B.B. kuwi prasasat dadi pêpundhèn, tur iya ngiras dadi panuntuning wong cilik. Nèk bale pomahane ora bèrès, bisa anjalari sudaning kaluhurane, lan iya bisa anjalari ananing lêlakon [lêla...]

--- 180 ---

[...kon] sing kurang bêcik. Coba, rasakna Kang Garèng. Upamane kowe dadi bêndara sêtèn. Ana ing desa, kowe rak prasasat raja kêcil, disungga-sungga lan diwêdèni wong akèh. Rèhning dadi pêpundhèn, patute rak kudu awèh tuladha bêcik, upamane ora royal, gêmi nastiti ngati-ati, ora kêndêl utang, ènsoprut. Yèn omahmu kêrêp disaba bang mlaku, karerehanmu mêsthi banjur kêndêl utang, tekade: iyah, sing bêndara sêtèn bae sanakan karo bang mlaku, apamanèh aku. Hlo hla rak marahi ora apik, ta. Mêngko, nèk uwong cilik saya kêndêl utang, ekonomining wong cilik mêsthi saya morat-marit, têmahane ambubrahake karaharjaning nagara.

Garèng : Prakara kuwi aku uwis ngandêl, mung bae, iguhing nagara kuwi apa ora marahi mèri. Padha dene priyayi nagara bae nganggo disaèng-saèng, ana sing diutangi dhuwit ana sing ora.

Petruk : Nèk digagas dawa, ora bisa marahi mèri, sabab bôngsa utang-utangan kuwi ora patut dimèrèkake. Upamane mangkene Kang Garèng. Aku karo kowe padha dene dadi batur. Yèn Aku diparingi roti martega, kowe mung diparingi gêthuk cothot, lha kuwi patut kok mèrèkake. Ananging, yèn aku diparingi salêp biru, marga irungku ana wudune sagêgêm, apa kowe iya arêp mèri, arêp wudunên nggon irung.

Garèng : Iyah, gawe upama bae ora gênah bangêt ngono. Nèk bangsane salêp utawa wudun, ora ana dhêmit sing doyan, barêng dhuwit, Truk, apa ora marahi kêmêcêr.

Petruk : Wangune kowe isih klèru tômpa, Kang Garèng. Priyayi sing sugih utang, kuwi ora diparingi dhuwit mirunggan gratis, ênya sèwu utawa rongèwu ngono. Utange kêras disauri, diganti utang sing rada anyêp, dadi iya kudu nyaur.

Garèng : Hêm, udhang-udhang iya ora enak, Truk. Nèk mêtu dhuwur, têgêse panyaure dicowok saka dhuwur, takkira akèh sing ênêk, Truk. Sabab sapisan bikin malu. Kapindho, yèn dicowok ing dhuwur ora bisa polah, ora kêna wêla, ora kêna mangsuli.

Petruk : Prakara kuwi ming kari walak-walak marang priyayine. Yèn niyat arêp anjêjêgake rumah tanggane, mêsthi gêlêm barès lan gêlêm dicowok mêtu dhuwur, jalaran iguhe nagara kuwi kêna diarani bangsane tômba, dadi rasane mêsthi iya ana paite.

Garèng : Uwis, Truk, uwis, prakara iguhe nagara arêp nyaponi utange priyayi B.B., ora susah didawak-dawakake. Tinimbang mèlu-mèlu ngrasani utange wong liya, kapenake ngrasani utange dhewe bae.

--- 181 ---

Waosan

Ambêtahakên Tiyang Sêpuh

Sambêtipun Kajawèn nomêr 13

Bok Sura : Kapriye, pakne, aku iki rak nganti judhêg, anggêr anakmu kêcocog rêmbug kuwi mêsthi banjur mangkono, kok isih kobolan-balèni bae. Iki mêngko anakmu mêsthi têrus ngênêngake. E, sing takgumuni, bapake kok iya êmoh ngalah.

Sura : Wong tuwa kok dikon ngalah karo bocah.

Bok Sura : Jamane, pakne. Karo manèh kowe apa uwis lali, yèn prakara arêp besanan karo Mas Cakarya rak wis dipêdhot, ta. Kok isih arêp dibalèni bae.

[Sura] : Ngena-ngenea kae yèn disambung manèh rak isih kêna

Bok Sura : Iki rak padha cukênge, kana kene padha êmoh ngalah. Gèk kapriye.

Sura : Tindakmu kaya ngono iku rak malah anggêdhèkake atining bocah, sasat kokbombong. Êlho sapa kulanuwun kae.

Bok Sura ngungak dhatêng jawi, lajêng mungêl: Wirasabda.

Wirasêntika sarêng sumêrêp manawi ingkang dhatêng Wirasabda, lajêng prêmpêng badhe nêpsu, dhasar pancèn sampun kêdhêdhêran muring-muring. Surasêntika lajêng mêdal, niyatipun badhe masuh Wirasabda, tiyang ingkang damêlipun ngapusi punika. Sawêg jêdhul dumugi jawi, Surasêntika sampun nyuwara botên sakeca: Dhi Wira iki mêsthi arêp martakake anggonku dadi lurah. Wong ya ngewang-ewangi.

Wirasabda sampun sumêrêp dhatêng sêmunipun Lurah Surasêntika, tiyang inggih Wirasabda, lajêng sagêd malik ginêm kemawon, têmbungipun: O, mas lurah, kula punika lugunipun badhe ngaturakên kalêpatan. Kula rumaos cabar anggèn kula ambiyantu panjênêngan, tujunipun panjênêngan sagêd dados lurah, suci saking kaparêngipun Pangeran. Sajatosipun anggèn kula sowan mriki punika kajawi andhèrèk bingah dhatêng anggèn panjênêngan dados lurah, inggih badhe nungsung wartos bab prakawis grêjêgipun Sujana kalihan Subagya, wartosipun ing jawi kok rame sangêt, kula rumaos ngantos tumut isin.

Sura sarêng mirêng rêmbag ingkang gêgayutan kalihan Sujana, polatanipun lajêng santun, saha lajêng mangsuli: kadospundi, ta.

Wirasabda : Inggih punika têtiyang sami ngraosi, panjênêngan botên kajèn. Ing salajêngipun, wajibipun kula kêdah ambelani panjênêngan, pundi ingkang badhe panjênêngan kaparêngakên dados mantu, badhe kula rencang-rencangi tumuntênipun sagêd kalampahan, lajêng cuthêl.

Sura mangsuli kanthi lêga ing manah : Yèn prakawis Sujana, rumiyin mila kula botên mathuk, nanging saupami kalihan Subagya, kadospundi, tiyang rêmbagipun sampun dipun pêdhot.

Wirasabda : Allah, mas lurah, jodho punika sintên ingkang sagêd andamêl. Sadaya punika rak namung dados sarana, kalampahan tuwin botênipun, tiyang botên sumêrêp. Manungsa rèhning sadaya punika dados sarana, tiyang sanès ingkang kêdah nyaranani. Kadospundi kaparêng panjênêngan.

Sura : Kula taksih pêtêng, dhi.

Wira : Sayêktosipun kang putra punika inggih eman-eman manawi namung angsal tiyang sêmbarangan, tiyang saupami dipun sêngkakna inggih kenging.

Sura : Dipun sêngkakakên dadospundi.kadospundi.

Wira : Lho, saupami dipun angsalakên priyantun, kintên kula inggih sagêd.

Surac : Tiyang anak kula, dhi, sintên priyantunipun ingkang karsa mundhut.

Wira : Ah, mas lurah iki kok anèh. Manawi pancèn dipun sêdyakakên punapa kirang margi.

Surasêntika ragi anggagas dhatêng ginêmipun Wirasabda, sajak gadhah kajêng dipun kèngkèna, lajêng mangsuli: Kula pancèn inggih kapengin gadhah mantu priyantun, nanging marginipun kadospundi.

Wira : Sayêktosipun, saru manawi panjênêngan ngantos kalair makatên punika. Namung sarèhning sampun wontên pangandika panjênêngan ingkang makatên, kula namung kantun andumugèkakên. Mas lurah, sayêktosipun kula punika dipun utus bandara juru sastra Supraptana, manawi panjênêngan kaparêng, kang putra Rara Sri Kuning badhe dipun mong piyambak.

Ing sanalika manahipun Lurah Surasêntika bêbêg, ing batos ngantos mungêl: wong iku yèn lagi kêbêgjan athik kaya ngene, mêntas dadi lurah, banjur mantu, mantune bêndara juru. Surasêntika lajêng undang-undang ingkang èstri: Bokne, êndi wedange kok ora mêtu-mêtu.

--- 182 ---

PAWARTOS SAJAWINING PRAJA

Amerika badhe nêntrêmakên jagat!

Nederland kalihan Belgie sampun kaping kalih uluk-uluk sagah dados margining rêmbag bêdhamèn, nanging botên sagêd angsal damêl, margi ingkang sami pêpêrangan sami dene ngêkahi antêpipun piyambak. Bakda punika, lajêng wontên kabar malih, yèn Mussolini kalihan Paus badhe ngrukunakên ingkang sami pêpêrangan, nanging inggih botên wontên kawusananipun.

Ing salêbêtipun minggu punika gêntos Amerika ingkang katingal gumrêgut badhe mbêdhamèkakên ingkang sawêg sami bandayuda. Trajangipun Amerika punika, kêjawi pancèn saking rêmênipun dhatêng katêntrêman, inggih margi dipun pêtêl-pêtêlakên nagari-nagari netral ingkang sami nandhang kapitunan agêng margi saking wontênipun papêrangan samangke punika. Sêmu-sêmunipun nagari-nagari netral sami gadhah kapitadosan, bilih pêpêrangan ing Eropah samangke punika, ingkang sagêd mbêdhamèkakên namung nagari agêng ingkang "gadhah prabawa agêng" tuwin "dipun eringi ing nagari ingkang sawêg pêrang". Manawi namung nagari alit, sanajana gêmbrat-gêmbrèt kados cêmpe kèri, inggih namung dipun êpisakên kemawon. Lampahipun Roosevelt anggènipun badhe mbêdhamèkakên Eropah sairib kalihan lampahipun President Wilson kala ing taun 1915-1916, inggih punika nglampahakên utusan murgan dhatêng Eropah. Bedanipun, Amerika rumiyin lumampah piyambakan, sarêng sapunika mawi dipun biyantu ing nagari-nagari netral sawatawis. Rumiyin, rêmbagipun Amerika botên angsal damêl, sarta malah lajêng katut tumut pêrang, sarêng sapunika??? taksih dados cangkriman agêng!

Benjing-enjing (tg. 17) Summer Welles i.p. nayaka mudha babagan urusan sajawining praja, badhe dados dutanipun pamarentah sarekat Amerika lèr, pangkat dhatêng Eropah. Ingkang dipun ênêr dhatêng ing Inggris, Prancis, Italie, tuwin Jerman.

Sarêng kalihan lampahipun Summer Welles, Roosevelt inggih nglampahakên utusan Myron Tailor dhatêng Rome Vatican.

Kawontênan ing Eropah lèr inggih dados pamanahanipun Amerika. Ing salêbêtipun minggu punika ugi, wêwakil Amerika ing Moskou i.p. Steinhart rêrêmbagan kalihan pamarentah Sovyet, salajêngipun têrus dhatêng ing Stockholm, wartosipun badhe rêrêmbagan kalihan pamarentah Zweden. Manawi sampun rampung, lajêng badhe têrus dhatêng Helsinki rêrêmbagan kalihan pamarentah Finland ingkang absah.

Manawi nitik gêlaripun ing jawi, lampahipun Amerika punika pancèn katingal mapan sangêt. Anggènipun badhe ngrukunakên Inggris, Prancis, tuwin Jerman, mawi lampah rêrêmbagan kalihan Italie tuwin Vatican. Wontênipun samangke sami-sami nagari ingkang botên tumut pêrang, Italie punika ingkang sêntosa piyambak, sarta sawêg dipun êmpèk-êmpèk Jerman. Mila botên nama klintu manawi Amerika anggènipun badhe mbêdhamèkakên nagari ingkang sawêg papêrangan wau mawi pados kancuhan Italie. Anggènipun mawi mêdal Vatican punika inggih sampun nama mapan. Tumraping panguwasa kadonyan, Vatican pancèn botên gadhah, nanging wontênipun samangke sawêk cakêt sangêt kalihan Mussolini, ing pangintên sagêd ngêlukakên Italie murih purun kumlawe mbangun katêntrêmaning jagat. Kêjawi punika, nagari-nagari ingkang sawêg padudon wau, purunipun bêdhamèn mêsthi mawi nyawang ingkang mbêdhamèkakên. Cêkakipun, ingkang sagêd dados margining bêdhamèn ngêmungakên nagari ingkang "sêpên ing kamelikan" sarta ingkang jêjêg adêgipun, botên nggleyong dhatêng Inggris-Prancis botên tumiyung dhatêng Jerman. Ing bab kalih prakawis punika, Vatican dipun ajêngakên.

Ingkang sampun-sampun Amerika punika katingal sangêt anggènipun tumiyung dhatêng Inggris sarta botên rêmên dhatêng nagari-nagari ingkang pinarentah ing dhiktator. Dados trajangipun Amerika samangke punika mêsthi dipun sujanani (botên dipun êndêl) dhatêng nagari-nagari mêngsahipun Inggris. Kangge ngicali kasujanan, sadèrèngipun Summer Welles mangkat, Cordell Hull nayaka sajawining praja ing Amerika, sampun nyêplosakên pikajênganipun Amerika, manawi ing jagat sampun pulih têntrêm, Amerika badhe ngudi supados "nagari salumahing jagat sami nyuda dêdamêlipun sarta ing jagat supados kawontênakên lampah dagang mardika kanthi tatanan ingkang saras". Katêrangan makatên punika mêngku pikajêngan badhe ngombèrakên lampahing ekonominipun nagari-nagari agêng ingkang botên gadhah jajahan sarta ingkang botên gadhah pêkên padagangan. Dados jangkahipun Amerika badhe ngawontênakên bêdhamèn punika sampun wontên ungup-ungupipun sae tumraping Jerman, ingkang rumaos dipun gapit padaganganipun sarta botên gadhah sumbêr guru bakal ingkang kenging kangge nggêsangi kawulanipun.

Margi dhatêng bêdhamèn ingkang dipun ambah Amerika punika katingalipun kados sampun gumlidhig, ananging sajatosipun taksih kathah sangêt karibêdanipun.

Utusan Amerika sawêg badhe mangkat, ing Italie sampun wontên swara ingkang satêngah ngêjibakên yèn sêdyanipun Amerika kathah uthutipun botên angsal damêl. Sanajan Cornell Hull uluk-uluk badhe ngawontênakên padagangan donya ingkang mardika, Italie têtêp badhe nindakakên autarkie, inggih punika nyampêdi kabêtahanipun piyambak botên mawi gumantung ing nagari sanès. Makatên punika atêgês sampun nyulayani pikajênganipun Amerika. Kajawi punika, Italie ing wêkdal punika malah nyrêmpêng sangêt anggènipun tata-tata nyêpakakên dêdamêling pêrang, manawi wontên punapa-punapa sasampuna sangkêp ing damêl. Punika inggih nuwuhakên pandugi, bilih Italie niyat badhe mingkis lêngên bikak topèng ngatingalakên abrit pêthakipun.

Swaraning s.s.k. ing Paris umumipun mangayubagya dhatêng lampahipun Summer Welles punika. Bokmanawi anggènipun gambira punika namung kangge tatakrama, jalaran ing kalangan pamarentah têrang taksih têtêp antêpipun lami, botên badhe kèndêl pêrang manawi "paprentahan Nazis dèrèng lêbur". Enggal mangke parlement Prancis saiyêg nglairakên kapitadosanipun dhatêng pulitikipun Daladier, mangka trajangipun Daladier sampun têrang kêncêng sangêt anggènipun niyat badhe ngrêbahakên paprentahanipun Hitler.

Ing kalangan pangêmbat praja Inggris, anggènipun nanggapi lampahipun Summer Welles, botên kêkathahan swara, cêkap nêrangakên antêpipun lami, botên nêdya mundur manawi dèrèng sagêd nglêbur paprentahan Nazis ing Jerman.

Dados Inggris-Prancis sampun uluk-uluk dhatêng Summer Welles, purun dipun bêdhamèkakên, sok ugi Nazisme sirna.

Jerman kadospundi? Kabar bab lampahipun Summer Welles dhatêng Eropah, anggènipun ngêwrat wontên ing s.s.k. Jerman namung 5 larik, papanipun satêngah kadhêlikakên, tur tanpa katêrangan punapa-punapa. Punapa atêgês "botên nggape"? Salêbêtipun ing Amerika ubyug ngrêmbag bab lampahipun Summer Welles, Jerman sawatawis minggu kapêngkêr ngêmbari swaranipun Inggris. Jerman botên badhe kèndêl pêrangipun, manawi dèrèng sagêd nggêmpur panguwasanipun Inggris wontên ing jagat punika.

Manawi nitik kêncênging antêpipun nagari-nagari ingkang badhe dipun bêdhamèkakên, kados-kados lampahipun Summer Welles dhatêng Eropah punika katêmahanipun badhe sami kemawon kalihan lampahipun Kolonèl House nalika dipun utus President Wilson kala ing taun 1915-1916!

Anggènipun badhe ngrukunakên Ruslan kalihan Finland sêmunipun inggih kathah sangêt rubedanipun. Ruslan têtêp badhe nglajêngakên pêrangipun; purun bêdhami, manawi panêdhanipun dipun lêksanani sadaya; sarta purunipun rêmbagan namung kalihan pamarentah Finlad ingkang dipun anggêp absah, inggih punika pamarentah enggal damêlanipun Ruslan piyambak. Kosok wangsulipun Finland, purun sangêt bêdhamèn, sok ugi bêdhamènipun botên mawi nggêmpalakên pakurmatanipun (eervolle vrede!). Malah enggal mangke Tanner pangêmbat praja Finland nyêplosakên pikajênganipun, inggih punika purun sangêt bêdhamèn, sok ugi ungêling prajanjian bêdhamèn botên namung dipun dhikte Ruslan.

Nitik ingkang kados makatên punika, kados sampun têrang, yèn sêdyanipun Roosevelt badhe adamêl têntrêming jagat punika taksih kathah sangêt pêpalangipun. Malah ing sêrat kabar Amerika wontên ingkang gadhah panggrayangan kirang sae. Saking pangintênipun New York Herald-Tribune, sêdyanipun Roosevelt badhe nêntrêmakên Eropah punkapunika. kalêbêt sêdya ingkang nomêr kalih, dene ingkang nomêr satunggal i.p. supados benjing manawi pilihan president kapilih malih.

--- 183 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès)

TANAH NGRIKI.

Ingsêr-ingsêran Justitie. Mr. Syarif tuwin Tuwan S. Natawiyoga, ambtenaar ter beschikking ing Landraad Garut, kapindhah dhatêng Nganjuk tuwin Kudus.

NyêmbarakênNjêmbarakên. pamulangan ingkang sampun wontên. Jalaran saking saya kathahipun murid ingkang badhe malêbêt dhatêng pamulangan têngahan, ing sapunika ingkang wajib badhe njêmbarakên pamulangan wau A.M.S. afd. B. ing Ngayogya badhe kaewahan kamar 2, dene afd. A. dipun wêwahi tigang kamar, waragadipun f 10.000,- H.B.S. ing Makasar dipun wêwahi kamar 2, waragadipun f 10.000,- Mulo ing Mojokêrto dipun wêwahi kamar 1, waragadipun f 2500,-. Kajawi punika ing Banjarmasin, Bandung, Bêtawi tuwin Malang badhe dipun wêwahi H.I.S., waragadipun f 111.000,-. Njêmbarakên Osvia ing Bandung, waragadipun f 11.000,-. Tilas Normaalschool ing Garut badhe dipun dandosi badhe kangge onderbouw H.I.K. ing Bandung, waragadipun f 23.000,-. Kangge tumbas pasitèn ing Bêtawi calon E.L.S. f 40.000,-. Kangge waragad adêging H.I.S. ing Sêmarang f 24.000,-.

Angsal-angsalanipun pabeyan ing Surabaya mindhak. Angsal-angsalanipun In-en Uitvoerrechten en Accijnzen ing pabeyan Surabaya ing wulan Januari 1940 wontên f 2.529.812. Kala Januari taun 1939 namung f 1.701.494,-. Dados tinimbang Januari taun kêpêngkêr langkung f 828.000,-. Indhak ingkang ngantos samantên wau jalaran saking kathahipun barang ingkang malêbêt.

Grombolan Miss Ja sampun wangsul. Golongan ahli jogèd Bali-Jawa tuwin dhansah, ingkang karan Miss Ja, sampun sami wangsul saking anggènipun lêlana dhatêng mancapraja, anjujug ing Surabaya, numpak kapal Boschfontijn. Lampahipun sakawit ngambah tanah Indhu lajêng dhatêng Eropa. Wontên ing Jerman kathah ingkang migatosakên, ngantos sami dipun rêmbagi supados purun tumindak ing damêl kanthi prajanjian. Makatên ugi nalika wontên ing Amerika ugi dipun taros makatên. Ing sapunika Miss Ja kanthi kanca gangsal taksih kantun wontên ing Los Angelos, Amerika.

B.P.M. darma dhatêng Finland. B.P.M. andarmani arta dhatêng Finland kathahipun f 20.000,-.

Botên mathuk dhatêng dhansah. Ing Bandung mêntas wontên parêpatan saking bêbadan pakêmpalan 44 warni, ingkang wosipun ngrêmbag botên nayogyani dhatêng tindak dhansah kados karêmênanipun para mudha ing jaman sapunika. Kathah wêwaton-wêwaton ingkang adhêdhasar ngrisak dhatêng kasusilan punapadene agami.

Kuli ingkang nyambutdamêl dhatêng sabrang. Ing salêbêtipun taun 1939 cacahipun kuli têtanèn ingkang nyambutdamêl dhatêng Sumatra sisih wetan mindhak 10.071 tinimbang kala ing taun 1938.

Tatanan lampahipun auto ing Surabaya. Jalaran saking kathahing têtumpakan tuwin ramening kitha, ing margi antawisipun Sociteitstraat kalihan Kaliasin, Surabaya, dipun wontênakên tatanan lampahing taxi rikatipun kêdah 40 km saêjam, botên kenging langkung utawi botên kenging kirang. Amargi manawi langkung samantên sagêd ambêbayani, nanging manawi kirang saking samantên ugi adamêl ribêd. Dados tatanan makatên punika ingkang kamanah sampun prayogi piyambak. Tumrap taxi kothong ingkang pêrlu pados tiyang numpak, kenging mlampah rindhik, nanging kêdah wontên pinggir. Ing margi ingkang kangge mlampah alon punika ugi kenging kangge langkung auto partikêlir.

Kangjêng nyonyah gupêrnur jendral paring darma. Kangjêng nyonyah gupêrnur jendral aparing darma dhatêng Stichting Tolong Sakit dan Sangsara ing Bêtawi kathahipun f 200,-.

Student wêdalan Bestuursacademie dèrèng tamtu lajêng dados wêdana. Awit saking dhawuh wangsulanipun wêwakil parentah dhatêng pitakenanipun tuwinTuwan. Suria Karta Lêgawa, warga Raad Kawula, supados wêdalan Bestuursacademie sawêdalipun saking pamulangan lajêng dados wêdana, punika botên katindakakên makatên, awit sanadyan asistèn wêdana ingkang botên tumut sinau wontên ing Bestuursacademie ugi wontên ingkang nyêkapi dados wêdana. Ingkang punika amrih adilipun, botên kawontênakên tatanan kados panyuwunipun Tuwan Suria Karta Lêgawa wau.

Susu ingkang botên damêl kasarasan. Ing bab lêbêting susu saking tanah ngamanca ingkang kamanah botên migunani tumraping kasarasan, tansah dados rêmbag murih dipun cêgah. Ing bab punika parentah anggalih prayoginipun.

Ambachtsonderwijs. Wontên wartos, Departement Pangajaran usul dhatêng parentah, supados ing taun ngajêng angajêngakên ambachtsonderwijs.

Kasangsaran kêtatap cagak listrik. Tiyang nama Joan, asli saking dhusun Cibubur, nalika numpak tram lestrik wontên ing Bêtawi anguk-anguk badhe idu, sirahipun kêtatab ing cagak lestrik. Sanalika tiyang wau lajêng botên èngêt. Salajêngipun kabêkta dhatêng C.B.Z. Punika kenging kangge pêpèngêt dhatêng tiyang numpak tram.

Pambikakipun pabrik dlancang ing Letjes. Pambikaking pabrik dlancang ing Letjes benjing tanggal 17 wulan punika, badhe dipun jênêngi ing Tuwan Tromp, administrateur pabrik dlancang ing Padhalarang tuwin tamu-tamu ingkang dipun aturi.

Kleermaker School ing Kêbumèn. Kala tanggal 14 dumugi tanggal 28 Januari kêpêngkêr, Kleermaker School ing Kêbumèn ngawontênakên examen wêkasan. Ingkang lulus 1. Sukiman, asli saking Klathèn. 2. Ismaiel asli saking Muaraaman, Bênkulên. 3. Mh. Nuy, asli saking Sirapuaupadang, Palembang. 4. Masdan, asli saking Kêbumèn. 5. Abdullatief, asli saking Muaraaman, Bênkulên. Ingkang nindakakên papriksan 1. M. Mulyowdadi Kleermaker ing Gombong. 2. M. Haji Ambar, Kleermaker ing Purworêjo. 3. M. Abdulsalem, Kleermaker ing Cilacap. Pamulangan ingkang kados makatên punika pantês pinuji, sagêda saya agêng.

Zegel apisambut. Warganing Raad Kawula Tuwan Prawoto gadhah panyuwun dhatêng parentah, supados warganing cooperatie manawi nyambut linêpatakên zegel ingkang pangaos f 1.50, awit limrahipun panyambutipun wau botên langkung saking f 10,- saha kaparênga namung ngangge zegel 15 sèn dumugi sambutan f 300,-. Dhawuh wangsulanipun wêwakil parentah, bab punika sawêg kausulakên dhatêng departement babagan arta praja, saha sagêd ugi parentah ngwontênakên tatanan kados panyuwunipun Tuwan Prawoto wau.

Wiyosan dalêm Putri Beatrix. Awit saking pamitrêngipun warga Raad Kawula Tuwan Suria Nata Atmaja, punapa parentah kawratan amaringi liburan tumrap sêkolahan manawi nuju dintên wiyosan dalêm Putri Beatrix. Awit sadèrèngipun wontên prins, sang putri têtêp dipun sêbut kroonprinsès. Wangsulanipun wêwakil parentah, ing bab punika namung badhe ngênut punapa tatanipun ing nagari Walandi, dados manawi nagari Walandi dèrèng ngawontênakên ewah-ewahan, ingriki ugi dèrèng sagêd nindakakên punapa-punapa.

Têtiyang boyongan saking Bojonêgoro. Kala tanggal 10 wulan punika wontên tiyang saking bawah Bojonêgoro cacah 850 bidhal numpak sêpur dhatêng Surabaya, salajêngipun saking Surabaya numpak sêpur mirunggan dhatêng Bêtawi. Têtiyang wau sami badhe boyongan dhatêng tanah sabrang. Ing salajêngipun ugi badhe wontên malih ingkang bidhal saking Bojonêgoro cacah 500.

Pabrik dlancang ing Letjes. Ing sapunika pabrik dlancang ing Letjes anumbasi dami kangge dlancang, ing dalêm 1000 kg f 3.50. Kathah anggènipun ndhatêngakên saking Jêmbêr tuwin Bondhowoso.

--- 184 ---

[Iklan]

Nanggulangi tindak ngrèmèhakên agami Islam. Badan Pertahanan Islam ing Balikpapan badhe ngawontênakên pêpanggihan, ngrêmbag ing bab tindakipun Tuwan Mandoy, bangsa Minahasa ingkang dipun wartosakên ngrèmèhakên dhatêng Nabi Mohamad Rasulullah. Punapa pikantuking rêmbag badhe adamêl motie dhatêng sawarnining bangsa ing tanah ngriki, dhatêng parentah tuwin dhatêng Raad Kawula.

Têdhak papriksa. Ingkang Sinuhun ing Surakarta mêntas kaparêng têdhak papriksa dhatêng pamulangan Mambangul Ulum. Wangkung tuwin klinik ing Kadipala.

NAGARI WALANDI

Sowan ngarsa dalêm Sri Bagendha Maha Raja Putri. Sri Bagendha Maha Raja Putri mêntas nampèni sowanipun Jendral Reynders, ing salajêngipun nampèni sowanipun opperbevelhebber enggal Jendral Winkelman.

EROPA

Pangajêng-ajêng rukun ing paprangan kilèn. Miturut wartos, Guring sampun ngrancang tatanan rukun, ingkang sampun dipun sayogyani Hitler. Suraosing rancangan: 1. Botên wontên nagari ingkang badhe nêdha lintu kapitunan. 2. Ing bab economie badhe karêmbag wontên ing parêpatan. 3. Laladan Sudeten badhe dados gadhahanipun Jerman. 4. Polen masrahakên sadaya laladanipun dhatêng Jerman, ingkang sadèrèngipun wontên prajanjian Versailes dados gadhahanipun Jerman. 5. Ing Oostenrijk badhe kawontênakên pamilih ingkang wontên wawasanipun Jerman tuwin Prancis. 6. Satunggiling commissie Prancis-Inggris-Jerman badhe ngrampungi prakawis laladan Cech, Slowaak tuwin Polen, badhe katindakakên rêmbag kanthi rukun. Nanging Amerika ngintên manawi karukunan ing Eropa punika botên sagêd kêlampahan.

Wadya Finland kêdhêsêk. Miturut wartos ing tanggal 9 wulan punika, wadya Ruslan sagêd ngangsêg barisan Finland ngantos ngèngsêrakên wadya jagi garis. Nanging salajêngipun sarêng wadya Finland apêrang tandhing, sagêd ngudurakênngundurakên. mêngsah.

Ingkang pinanggih ing dhistrik Kuhmo, wadya Rusland tansah kêdhêsêk ing wadya Finland, kathah wadya ingkang tiwas tuwin kecalan dêdamêl.

Papaning baris pajagèn ing Manerheimlinie taksih têtêp santosa, sanadyan wadya Ruslan sagêd ndhêsêg, botên sagêd ngewahakên santosaning pabarisan Finland, malah sanadyan tumrap pabarisan ingkang botên santosa, mêksa taksih panggah adêgipun.

Turki ngèndêli ahli-ahli bangsa Jerman. Kawartosakên, parentah Turki angèndêli para ahli bangsa Jerman ingkang sami nyambutdamêl wontên ing Turki babagan kaprajuritan. Wontên bangsa Jerman cacah 20 ingkang sami nyambutdamêl wontên ing Kruppfabriek sami dipun kèndêli. Wontên malih tiyang ingkang nyambutdamêl ing babagan marine ing Guljuk 20 tuwin ing pabrik dhinamit ing Ankara 20 ugi sami dipun kèndêli. Gunggungipun sadaya langkung tiyang 100 ingkang sami dipun kèndêli, sami bangsa Jerman.

Kapitunan kala pêrang agêng. Miturut pèngêtan, kala paprangan donya taun 1914 dumugi taun 1918, têtiyang ingkang tiwas wontên 8.500.000. Têtiyang ingkang kêkaton 37.500.000. Karisakan barang tuwin sanès-sanèsipun 80.000.000.000 pondsterling. Lajênging pangrantam, saupami arta samantên wau katanjakna dhatêng yêyasan tuwin sanès-sanèsipun, tamtu agêng sangêt dayanipun.

ASIA

Wadya Tionghoa angsal damêl. Ing salêbêtipun taun baru, wadya Tionghoa ingkang lampah ndingkik sagêd nêmpuh wadya barisan Jêpan ing antawising margi sêpur Nanchang-Hinkiang tuwin margi agêng Juichiang-Wuning, ing laladan Kiangsi lèr. Jalaran saking panêmpuhipun ingkang ngêgèt wau, wadya Tionghoa sagêd numpês wadya Jêpan satus tuwin opsir kalih saha sagêd mbêskup sanjata mêsin 20, punapadene pirantos pêrang warni-warni. Wadya Jêpan ingkang mlampah dharat, nrajang bom pasanganipun wadya Tionghoa, wadya Jêpan wau sami nêmahi tiwas. Oncating wadya Jêpan lajêng dipun êlud ing wadya Tionghoa, adamêl tiwasing mêngsah 300 tuwin kapal 400.

Bab prakawis kapal Asama Maru. Ing bab prakawis kapal Jêpan Asama Maru ingkang dipun êndhêg Inggris, saha lajêng nahan bangsa Jerman ingkang wontên ing kapal ngriku. Punika miturut katranganipun Minister Arita wontên ing parêpatan rayat Jêpan, nyariyosakên bilih Inggis rumaos piduwung dhatêng tindakipun wau. Ingkang punika, saking rêmbagipun Inggris, bangsa Jerman 21 ingkang dipun tahan Inggris wau ingkang 9 badhe dipun wangsulakên dhatêng Jêpan, nanging Jêpan botên narimah, kêdah dipun wangsulakên sadaya. Ing sarèhning ing wêkdal punika tumraping lampah layaran pancèn kathah pakèwêdipun, mila Jêpan lajêng dhawuh dhatêng sawarnining kongsi palayaran, supados botên ngêwrat tiyang ingkang kagolong prajurit nagari-nagari sanès ingkang nuju pêrangan, utawi têtiyang ingkang kakintên golonganing prajurit nagari-nagari ingkang nuju pêrangan.

Ura-uru ing tanah Indhu. miturut wartos ing tapêl watês jajahan Inggris lèr kilèn wontên ura-uru. Panêmpuhipun golongan mbalela dhatêng wadya Inggris saya sangêt. Malah wontên satunggiling mayor bangsa Inggris kenging kabêkta ing mêngsah. Ing salajêngipun golongan mbalela nêmpuh griya sakit umum ing Bannu, inggih ingriku punika dununging pusêripun ura-aru. Fakir Ipi taksih têtêp mardika, sanadyan sampun nate kacêpêng saha kaladosakên dhatêng pangadilan militèr, mêksa botên kêndhak tindakipun. Saya dangu saya kathah golongan tiyang siti ingkang mbalela.

AMERIKA

Amerika botên badhe mbiyantu Finland. Wêwakiling parentah Amerika ing bab babagan nyukani sambutan dhatêng nagari sanès, mratelakakên bilih bank ingkang nindakakên lêbêt saha wêdaling sambutan dhatêng Finland, botên badhe nyambuti malih. Purunipun nyambuti, manawi Finland sagah mangsulakên sambutanipun, sawêg badhe dipun pituruti. Nanging nyatanipun Finland ngrêkaos sagêdipun badhe mangsulakên arta sambutan.

--- 25 ---

No. 7, 16 Fèbruari 1940, Taun XI

TAMAN BOCAH

Ingkang Ngêmbani: BU-MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CÈNTRUM. RÊGANE SATAUN f 1.50 KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK. LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN

BOCAH KUDU SUGIH AKAL.

Ana mênjangan loro êmbok karo anake, lagi padha nyênggut ing pinggir alas. Komprènge, yaiku anake, lincak-lincak ngubêngi êmbokne, rekane mono ngajak guyon, êmbokne dibeda. Mêsthi bae êmbokne sênêng ndêlêng anake lincak-lincak kuwi.

Ora suwe ing grumbul ana krêsêk-krêsêk, banjur... ana macan mêtu. Matane mêncêrêng. Si komprèng wêruh, adhuh awake sanalika gumêtêr, nuli ndhêlik, amping-ampingan êmbokne. Êmbokne iya mak dhêg atine, nanging banjur calathu: "Sssst, aja wêdi, aja kuwatir, dakpêthukne. Mênênga bae."

Macan saya suwe saya nyêdhak; mbok mênjangan ngêtokne ilate dièlètake, katon abang mèngèr-mèngèr, kaya gubras gêtih, sarta kupinge dijêpipingake, matane mêndhêlik. Macan lagi sapisan iku wêruh mênjangan. Rekane mono mênjangan arêp ditubruk, nanging banjur wêruh ilate lan wêruh sungune pating crongat, wah kagèt bangêt, banjur mlayu sipat kuping. Mênjangan dikira kewan kang galak bangêt.

Nèng dalan macan kêpêthuk kêthèk. Kêthèk takon: "Lo, kok kowe, can. Ana apa kok mlayu-mlayu, thik kaya dioyak mêmêdi."

Macan krênggosan, sumaur: "O, ora ngrasakake kowe, nyuk, aku mêntas kêpêthukan kewan, nyunggi gaman pating crongat, ilate mèlèt-mèlèt, abang mèngèr-mèngèr godras gêtih. Hiiii, giris aku. Tujune aku ora kacandhak, kacandhaka rak... wis ora bakal kêtêmu kowe manèh, nyuk."

Kêthèk ngrêti sing dikarêpake macan, banjur ngguyu cêkakakan: "Wo, kêmplu kowe, can, kae rak mênjangan, mangsamu. O, yèn kowe wis ngrasakake iwake, mêsthi tumane."

Macan mak plênggong: "Apa iya ta, Thèk? Ngapusi kowe."

E, lah kok maido. Ayo taktêrake [...]Naskah rusak.

Yah, mêngko yèn wis cêdhak [...] ditinggal."

Ora ta wis. Yèn kowe ora pracaya, buntutku talèkna gulumu, aku dakmlayu nèng ngarêp.

Têmênan. Macan lan kêthèk mlaku urut-urutan, kêthèk nèng ngarêp, buntute ditalèkake kambi gulune si macan.

Anak mênjangan wêruh macan saka kadohan, têka manèh, nuli nggubêl êmboke.

Mbok mênjangan mangsuli: "Aja kuwatir, daklawane, mêngko rak mlayu. Aja nganti ketok yèn kowe wêdi, mêngko rak malah diklêthak pisan."

Barêng macan karo kêthèk wis cêdhak, mênjangan calathu: "Lo, kowe thèk, ngirim pangan apa? Iya ya. Dhèk anu kae kowe wis janji, yèn arêp mènèhi mêmangsan. Rene, rene, enggal, aku sêlak ngêlih, wis têlung dina aku ora mangan. Kabênêran bangêt kowe nggawakake mêmangsan kang gamol ngono."

Macan mbatin: "E, kurang ajar si kêthèk iki." Banjur mlayu ngênthit, têrus, ora nolah-nolèh, kêthèk kêlarak-larak. Awake nganti babak bundhas. Bêngak-bêngok ora dirèwès. Barêng têkan nggon sêpi, macan lèrèn, krênggosan, wêruh kêthèk lêmpe-lêmpe, godras gêtih, banjur calathu: "Ta, kowe kudu trima kasih karo aku. Ajaa takgawa mlayu, mêsthi wis diklêthak kowe. Bêgja, dene kowe isih urip. Tatu mono, ora suwe rak mari. Kowe mau disuduk nganggo gaman sing nèng êndhase kae ya, thèk?"

Kêthèk atine anyêl, ora mangsuli, mung muni: "Ora ana wong kêmplu ngungkuli kowe." Banjur lunga arêp ngumbah tatune.

Kocapa sing ditinggal mlayu, mênjangan lan anake bungah ora karuwan, wis luwar saka bêbaya. Mênjangan banjur calathu marang anake: "Lah rak tênan, nggèr, mulane kudu sing kêndêl. Lan aja sok ketok wêdi."

***

Coba, dongèng ing dhuwur iku gambarana, [...]Naskah rusak. sing apik. Yèn wis dadi, kirimna.

Bu Mar.

--- 26 ---

GÊNJIK SÊNÊNG-SÊNÊNG

Gênjik-guwik, ênggrok-ênggrok / Aku dhangsah, main sêtrèk / Aku nyuling, bapak kêplok / Nging-nging, plik-plèk. //

Suling disêbul, gitar dislênthik, / Sikil diangkat, gulu dipacak, / Tangan mêncak, njungkir anjêmpalik, / Tiba glethak, hak-hak-hak-hak. //

Any.

[Grafik]

Apik, ya, cah, gambar iki. Mung emane kok babi, tur sajake silihan, dudu karangan dhewe. Nanging sarèhning wis kêbacut, ya wis.

Kowe apa ana sing bisa gawe têmbangan liyane kaya gaweane Any. Coba gawea, karo manèh blakên, cah, gambar iki, banjur pulasên kaya sing uwis, têrus kirimna.

BU MAR.

NGRUWAT

(Anggitane jurnalis Taman Bocah)

Kanca-kanca dhèk anu kae aku nonton wong ruwatan. Kowe rak ngrêti ta, ngruwat kuwi apa. Jarene para sêpuh, ngruwat kuwi nylamêti bocah mèn ora dipangan Bathara Kala. Jarene sing kudu diruwat bocah kêmbang sêpasang, bocah ontang-anting, gêdhana-gêdhini, lan isih ana tunggale, aku ora ngrêti. Aku lagi sêpisan kuwi mênangi bocah diruwat. Wah, carane anèh, nganggo wayangan barang.

Dhèk anu kae kêlire dhuwure mung 1/2 mètêr, njur ing ndhuwure dhalange anan pringe kanggo nyanthèlake krambil ing sisih kiwa têngêne pari rong bêntèl, bakal lurik, ikêt, jarit ciyut lan mori wêdêlan. Kiwa têngêne kêlir ana têbune, ana gêdhange sêtundhun, lan cêngkir gadhing. Sajène akèh bangêt tur anèh-anèh, ana jajan pasar, sêga warna-warna, pitik, dara, menthog, pêcut, kêlut, lan payung. Jam sêtêngah 9 esuk wayange wiwit, lakone laire Bathara Kala. Jarene dhèk lair mak cêngèr wis gêlêm mangsa uwong, nganti saprene. Bathara Guru lan Bathara Narada sumêlang yèn wonge kabèh dipangan Bathara Kala, mula banjur padha mendha-mendha dadi dhalang, mênyang desa-desa prêlu ngruwat wong-wong.

Dhèk anu kae sing diruwat bocah kêmbang sêpasang. Bocah wadon loro kuwi padha dikon linggih nèng buri kêlir, dilèmèki klasa rêsik. Ngarêpe diadhêpi pring, wis disisiki kulite lan diilangi rose. Jam sêtêngah siji aku ndhrêsêl nèng buri kêlir, arêp namatake olèhe ngêthok rambut. Bocah lanang sing sang nata-aku ora akèh, nanging aku ora wêdi, ora isin ora barang, wong aku ethok-ethoke dadi jurnalis... Taman Bocah kok.

Solah-tingkahe dhalange dak awasake. Ngarêpake ngêthok rambut, ki dhalang nyêkêl kêris karo umak-umik, lagi ndonga ayake. Barêng ngono, bocah wadon loro mau dikon ngudhari rambute, rambut dislêsêpake nèng ngisor kêlir. Ki dhalang njupuk gunting, têrus rambut dikêthok, gamêlane muni sêru, lan ana sing nyêbar bêras kuning. Barêng wis dikêthok rambute, bocah loro mau dikon mlayu kambi midak pring sing diadhêp mau, nganti pêcah. Banjur padha didusi banyu kêmbang, sirahe iya digrujug. Saiki bocah loro kuwi ora bakal dimangsa Bathara Kala.

O ya, ki dhalang mau dhèk ngêthok rambute bocah loro kuwi, olèhe nganggo ikêt ming diubêd-ubêdake, lan nyi dhalang rambute diore.

Jam 1 bubar lêbaran.

Rêjo, Prawirotaman 59, Dk.

--- 27 ---

TUTUGE KANGSA ADU-ADU

Biyèn têkan Kakrasana lan Narayana diudhuni Bathara Brama ya cah. Bathara Brama dhawuh mangkene: " Kakrasama, kowe iku sajatine anake Basudewa, nanging dititipake Ki Antagopa, marga biyèn Kangsa tau duwe ujar, samangsa bapakne kuwalon duwe anak, lananga wadona, arêp dijaluk, arêp dipatèni. Kangsa iku dudu anake bapakmu, anake Gorawangsa. Gorawangsa saiki wis mati, sing matèni pamanmu Aryaprabu. Bapakmu kuwatir, mula kowe banjur padha dititipake Si Antagopa.

Kakrasana, saiki kowe têrusa mênyang kêpatihan, nontona Kangsa olèhe adu jago. Ora prêlu bali dhisik mênyang Widarakandhang, ora prêlu tutur karo Antagopa, mangsa awèha ora. Marga yèn kowe durung katon, Kangsa olèhe adu jago ora uwis-uwis. Ing kana kowe lungguha ngarêp dhewe, jago bakal nubruk kowe. Kowe ora prêlu wêdi. Yèn ditubruk, nênggala athungna.

Bubar dhawuh mangkono, Bathara Brama banjur mumbul. Kakrasana lan Narayana nuli padha rêmbugan. Ora suwe Dèwi Lara Irêng têka. Padha bungah bangêt, dene bisa kêtêmu manèh. Lara Irêng nuli nyritakake kaanane Ki Antagopa nalika katêkan para buta, saka kawitan têkan pungkasan. Kakrasana dhêlêg-dhêlêg barêng krungu critane adhine. Batin atine: "Ah, mêsakake têmên, gèk kêpriye polahe bapa Antagopa, aku têka ora mênangi." Bocah têlu kuwi banjur padha mênêng-mênêngan.

Ora antara suwe Janaka lan punakawane têlu, Sêmar, Garèng, Petruk, padha têka, padha nggolèki Lara Irêng. Mau dhèk Janaka pêrang karo buta, Sêmbadra rak lunga ta, mangka wis dipasrahake karo Nyi Antagopa mênyang Janaka. Kèlingan apa ora cah?

Nah, barêng Janaka têkan kono, ditakoni karo Kakrasana: Ana apa. Janaka kandha, yèn nggolèki Sêmbadra. Sêmbadra arêp dijaluk, wong mau dipasrahake karo Nyai Antagopa marang dhèwèke. Nanging Kakrasana lan Narayana nêpsu. Janaka nuli dikrubut loro. Banjur mumbul. Rumangsane Narayana lan Kakrasana, Janaka wis mati. Bocah têlu banjur padha nêrusake lakune, mênyang kadipatèn.

Saiaki gênti nyritakake liyane.

Barêng Janaka lunga, Bratasena dikon nggolèki. Tênan, Bratasena budhal. Ana ing dalan kêpêthukan Ugrasena. Kèlingan kowe cah, Ugrasena rak diutus Prabu Basudewa ta, didhawuhi golèk jago mungsuhe Suratimantra. Barêng wêruh Bratasena gêdhe dhuwur ngono [...]Naskah rusak. têrus ditakoni: "Kowe sapa" Wangsulane: "Aku Bratasena, anake Pandhu. Ibuku Dèwi Kunthi." Ugrasena kagèt:.. Ha! Nèk ngono kowe rak kêponakanku dhewe. Aku iki adhine ibumu.

Kakang bok Dèwi Kunthi kuwi sêdulure papat, sing tuwa dhewe dadi ratu ana ing Mandura, banjur kakang êmbok dhewe, banjur kakang mas Aryaprabu, aku iki sing ênom dhewe."

Ugrasena nuli crita, yèn lagi diutus Prabu Basudewa golèk wong kang gêdhe dhuwur arêp diadu karo Suratimantra. Bratasena njur ditari, apa wani diadu. Wangsulane: "Wani!" Nuli diladèkake ing ngarsane sang prabu. Prabu Basudewa sênêng bangêt wêruh wong gêdhene sa-Bratasena kuwi, têrus didhawuhi mênyang kadipatèn. Ing kono Kangsa wis ana. Suratimantra dibisiki mangkene: "Mangke yèn sampeyan sêmêrêp lare kuning têrus lan irêng têrus sampeyan cêkêl lan angsal sampeyan tarung ampun tênanan.

Suratimantra manthuk.

Wis, samene dhisik cah.

Bu Mar.

--- 28 ---

MANGSULI LAYANG

Subyanto, Brêbês; Piece Bel, Madiun; Sumiatun, Amirah, Tulus, Sri Rahayu-Salami-Kasih Solo; Sudarti, Salatiga; 1. sarno, Pamoyanan 16 Bandung, Diyono Namlea, Sumarno Randhudhungkal.

Bu Mar sênêng bangêt cah, imbuh kêponakan kowe kabèh. Muga-muga bae aja padha bosên. Lah supaya T.B. ora mbosêni, Bu Mar njaluk marang kowe supaya padha gêlêma kirim karangan sing lucu-lucu lan sing apik-apik.

Tun, aku durung têpung karo paman-pamanmu sing sêkolah G.H.S. Wong Bêtawi kuwi kutha gêdhe kok, dadi iya ora sabên uwong têpung. Sarno, apa kowe kangmase Widodo, adrèse kok padha. Kêpriye kabare Widodo kok ora nyuwara.

Diyono, ingatase kowe kancamu dolan mung karo bocah Mlayu kok isih pintêr cara Jawa, lan basane kok iya "mlathêt". Wis pirang taun kowe nèng Molukken? Mbok T.B. dicritani kaanane ing kana, ana kaelokan apa, wonge kêpriye lan sapanunggalane. Nèk duwe potrèt Bu Mar dikirimi iya sênêng bangêt. Mêngko yèn cêtha dipacak ing T.B.

Sri Widati, Purwadadi; Sahadi, Banjaran, Têgal. Layangmu ngajak têpungan karo Bu Mar wis dak tampa kanthi sênêng. Sri, sukur ta yèn kowe duwe karêp mèlu urun-urun ngisèni Taman Bocah. Tênan, ya. Sahadi, omahmu nèng Banjaran, nanging sêkolahmu nèng Têgal, wah ya rada adoh, ngono. Mangka nunggang sêpedha. Nanging yèn kancane akèh, ya sênêng, ora krasa sayah. Dadi olèhmu nunggang sêpedha sadina ana 20 km. Awakmu bae jaganên. Mangan sing warêg, bangsane sayuran.

Supriya p/a Schoolopziener Lamongan. Bangêt panrimaku kok kirimi kartu pos gambaran, ana gambare "Iwan Mosjukin". Apa kowe mèlu nglêboni sayêmbara sing kari iki?

Pancèn iya, Kajawèn saiki luwih ciyut, mangkono uga Taman Bocah. Ora amba kaya sing uwis. Marga apa? Margane saiki larang krêtas, jalaran lagi ana pêrang.

Any, Jokya. Aja nêsu, ya, tak-arani nganggo jênêng loro. Jênèh adhimu ora ngandhakake jênênge sing têmênan. Saiki wis bèrès, dhèwèke wis kirim layang manèh. Bu Mar wis ngrêti jênênge lan wêruh sêkolahane nang êndi. Gambarmu gênjik apik. Lah iki, dak pacak nanging ana nanginge.

Salam, Banjarêjo, Parakan. Karanganmu ora bisa dipacak, muga aja dadi atimu. Yèn kobêr gawea manèh sing luwih apik. Wah tujune kopêre kêtêmu, upama ora, rak mêsakake si D. ora maido olèhe dhêg-dhêgan, wong mêsthine isine akèh, bokmênawa sandhangane nèng kono lan dhuwit barang ayake iya ana. Layangmu kang kari iki uga wis dak tampa. Karangane isih kurang apik.

J. Massy, Kauman, Tulungagung. Bu Mar kèlingan bangêt, yèn duwe kaponakan sing jênênge Massy. Ora bakal lali, cêkake. Aku bisa ngira-ira dhewe sapira susahmu, dene sajrone 6 sasi kêpatèn sadulur papat. Tujune kowe pinaringan sabar lan tawêkal.

Yèn wis bombong, arêp ngirimi karangan iya bêcik. Aku ngarêp-arêp layangmu manèh.

Suparman, Ngawi. Kowe takon, apa bocah sing wis ora sêkolah ora kêna ngisèni Taman Bocah? Wangsulanku: kêna bangêt.

Anggonku takon: apa kowe isih sêkolah lan umurmu pira iku, mung dakênggo ancêr-ancêr aku dhewe, samangsa aku kirim layang kowe, bisa ngandhakake bab kang pantês dakkandhakake karo kowe. Lan samangsa Bu Mar ngêdum ganjaran, bisa milihake buku kang cocog karo umur-umuranmu. Ngrêti, Man.

Sukapti c/o A.W. Sukodono, Sêpanjang. Karanganmu dhèk Jêmuwah buri wis dipacak. Sênêng ya Ti? Kapan gawe karangan manèh? Bu Mar ora duwe adrèse Mien Satriyani.

Insasi p/a R. Sumawidigdo, Naib Pangulu, Pasirian. Aja gêla ya In, karanganmu ora bisa dipacak, isih kurang apik. Yèn kirim karangan, sabisa-bisa aja ana lupute. Mêsthi bae sadurunge dipacak isih nganggo dibênêrake, diowahi barang. Nanging yèn kaya karanganmu kae,... kowe wis ngrêti yèn kliru panulise, kok ditêgake bae, malah têrus dikirimake [...]Naskah rusak.

Indiyati, 1.1. 7e Kartinischool, Tulungagung. In, yèn kowe arêp têpung karo S. Har, iya bêcik. Kowe rak wis ngrêti adrèse ta? S. Har, Kêdhunglumbu, Solo. Yèn U.S. aku ora ngrêti adrèse, saiki êmbuh nèng ngêndi, wis lawas ora tau kirim layang.

Martiti p/a R. Yusatno, Rêngat. Aku wis tampa layangmu lan surasane wis mangrêti kabèh. Miturut têtêmbunganmu, kok ora mèmpêr bangêt, yèn kowe iki ora bisa basa. Sarta aku tansah monga-mangu, ndak iya "Martiti" kuwi ana têmênan, mêngko gèk mung ethok-ethokan bae. Ingatase jênênge dhewe kok nganti klèru panulise. Olèhmu nyritakake awakmu dhewe ana sing ditulis Martiti lan ana sing [...]Naskah rusak.

KÊBO TANAH SABRANG.

Darma :Darman. Min, Min! Kêbo tanah sabrang sungune pira, hara?

Sarmin : "Ya loro, kok anèh!"

Darman : "Bênêr?"

Sarmin : "La apa bênêr, apa aku iki cah cilik

Darman : "Luput!"

Sarmin : "La bênêre kêpriye."

Darman : "Kêbo tanah sabrang sungune pancèn loro, nanging bengkong ora bênêr."

PUTUNE KARO ÊMBAHE

Putu : "Mbah, mbah. Manuk kuwi kok ora duwe untu ta mbah?"

Êmbahe : "Iya; bangsa ibêr-ibêran kuwi pancèn ora duwe untu."

Putu : "Apa êmbah iya sok mibêr!"

KERATA BASA

Guru : "Coba golèka têmbung kerata basa siji bae, Din!"

Sidin : "Gêdhang digêgêt bubar madhang."

Guru : "Iya bênêr; gênti kowe Sirin!"

Sirin : "Nêraka; ênêre marang cilaka."

Guru : "Iya bagus; gênti kowe Simin!"

Simin : "Sssssss... sa... "

Guru : "Ayo, ta gêlis!"

Simin : "Sa-rung-mu; mêksa durung kêtêmu... "

LIYA DINA

Guru : "Min, jajal ngaranga têmbang Blabag sing apik, ya."

Simin : "Inggih, pak guru."

Guru : "Wis wiwitana, dak-êmatne."

Simin : "Surabaya ramene kêgila-gila, yèn rina. Ing Bêtawi baguse kêpati-pati, yèn bêngi. Parandene tan kaya omahe dhewe, ayême."

Guru : "La rak ya ngono!"

Simin : "Pikantuk biji pintên, pak guru."

Sumarman

Stationsweg S.S. Kroya.

--- 0 ---

[Iklan]

--- 0 ---

[Iklan]