Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-01, #1669

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1940, #1669
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-01, #1669. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1530.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-02, #1669. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1529.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-03, #1669. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1528.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-04, #1669. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1527.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-08, #1669 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1526.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-09, #1669. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1525.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-10, #1669 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1524.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-11, #1669. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1523.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1940-12, #1669. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1522.

Ôngka 3, Sla Wa, 29 Dulkangidah, Je 1870, 9 Januari 1940, Taun XV.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Slasa lan Jumuwah

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Prof. Dr. R. A. Husèn Jayadiningrat lèrèh, angsal sêsêbutan pangeran saha songsong jêne.

[Grafik]

Rad idhiya mahargya panjênênganipun ingkang badhe lèrèh.

--- 30 ---

Sêsambêtanipun nagari-nagari ing salumahing jagat.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 103-104.

Sabên praja - praja ingkang sayêktos - têmtu gadhah bêbadan pamarentah ingkang maligi ngrêmbag sêsambêtanipun kalihan nagari ngamônca, inggih punika kanayakan sajawining praja, dipun pangajêngi nayaka (minister), punika ingkang nyêpêng cêmpuriting pulitik ingkang gêgayutan kalihan praja sanès. Para wêwakiling nagari sanès, manawi badhe rêrêmbagan punapa-punapa, kêdah mêdal ing kanayakan wau. Dene para wêwakil wau, limrahipun sami anggolong dados satunggal, punika kawastanan Corps Diplomatique.

Wiwit kina mila, tiyang ingkang sawêg nindakakên ayahan dados utusaning nagari, punika sami dipun anggêp suci. Dumuginipun samangke, cara makatên punika taksih kalêstantunakên, para wêwakil utusaning nagari ngamônca sami dipun sukani wêwênang ingkang agêng, ingkang maksudipun kangge ngrêksa kawilujêngan sarta kamardikanipun, ingkang supados sagêd nindakakên ayahaning nagarinipun kalayan sae.

Wondene wujuding wêwênang wau, ingkang agêng piyambak inggih punika wêwênang exterritorialiteit, kajêngipun, sanajana wontên ing bumining nagari sanès, para wêwakil punika botên kawêngku ing panguwaosipun nagari wau. Namung kemawon, prêlu dipun sumêrêpi, bilih anggènipun botên kawêngku ing panguwaosing nagari sanès wau, mawi watês, têgêsipun ngêmungakên ing sawatawis bab sarta mawi janggêlan sawatawis, dados botên lajêng blas mardika tanpa kawêngku ing panguwaos babar-pisan. Inggih kadospundi kemawon, para wêwakil wau têtêp nama tamu, ingkang dados tuwan rumah pamrentahing nagari ngriku piyambak.

Para wêwakil ingkang dipun sukani wêwênang exterritorialiteit wau, ngêmungakên ingkang sami nindakakên ayahan prakawis pulitik, kadosdene ambassadeur, gezant lsp. Wêwakiling nagari ingkang ngrêmbag bab padagangan, kadosdene kongsul sapanunggilanipun, punika botên dipun sukani wêwênang exterritorialiteit, kajawi manawi inggih ngrangkêp nindakakên ayahan dhêplomasi. Namung kemawon limrahipun para kongsul punika inggih sami ingaosan, botên dipun samèkakên kemawon kalihan tiyang ngamônca limrah.

Wêwênang exterritorialiteit punika anyakup kalih prakawis, inggih punika: tiyang kalihan papan padununganipun lajêng moga (onschendbaar). Ingkang tumrap ing tiyangipun, ingkang baku, 1. Badan sarta barang darbèkipun dipun rêksa sangêt, sampun ngantos dipun piawoni utawi dipun cahak ing sanès. 2. Kalêpatakên ing sakathahangsakathahing.

pranatan pêksan ingkang kalimrah wontên ing nagari ngriku. 3. U-

--- [31] ---

[Iklan]

tusaning nagari ngamônca botên kenging dipun prakawisakên wontên ing pangadilan ing nagari ngriku. Namung kemawon inggih taksih kakêdahakên anêtêpi pacaking anggêr kapulisèn ing tanah ngriku, jalaran manawi kumapurun nêrak anggêr, nagari ing ngriku lajêng sagêd botên narimahakên dhatêng nagari ingkang angutus wêwakil wau. 4. Para utusan kalêpatakên ing sêsanggèn pajêg, kêjawi pajêg siti. Dene tumraping griya padununganipun, inggih dipun rêksa sairib kados badanipun gêsan wau. Sêrat-sêrat ingkang kasimpên ing griyaning wakil punika, botên kenging dipun êpik-êpik, malah sanadyan sampun pêdhot sêsambêtanipun, sêrat-sêrat wau inggih taksih têtêp moga (onschendbaar).

Kajawi para wêwakiling praja (gêsan, ambasadhur lan sasaminipun) pangagênging nagari upaminipun presidhèn utawi ratu (ratu ing ngriki kajêngipun ratu ingkang sayêktos, inggih punika ingkang dados pangagênging praja mardika, dene ratu utawi raja ing tanah jajahan) makatên ugi nayaka sajawining praja, manawi dhatêng ing nagari ngamônca kanthi dhinês, punika inggih gadhah wêwênang exterritorialiteit. Baita pêrang ingkang wontên ing palabuhan ngamônca inggih angsal wêwênang exterritorialiteit, namung kemawon mêksa inggih kêdah miturut pêpacaking palabuhan ing nagari ngriku, botên kenging tumindak sakajêng-kajêngipun piyambak.

Wontên sambêtipun.

--- 32 ---

Kawontênan ing Mêkah.

Miturut wartos ingkang gêgayutan kalihan lampahipun têtiyang minggah kaji, ing sakawit kongsi tiga badhe nyadhiyani kapal 13 kangge prêlunipun tiyang minggah kaji ing taun 1358 (1939-1940) punika.

Nanging jalaran saking wontênipun paprangan ing Eropah ing wêkasanipun wulan Agustus 1939, kongsi tiga kêpêksa nyuda cacahing kapal wau, namung kakantunakên 8.

Kapal 8 wau kalampahan sampun ambêkta tiyang minggah kaji 6600. Kajawi punika wontên lampah sanès, ambêkta tiyang saking tanah ngriki 13 dumugi ing Jêdah.

Ngantos sapriki botên wontên kapal kaji Holt ingkang bidhal saking Singgapura. Nanging miturut wartos, parentahing Straits andhawuhakên supados kawontênakên kapal ingkang layaran malih dhatêng Jêdah. Makatên ugi ngantos sapriki botên wontên tiyang saking Indhu ingkang minggah kaji.

Têtiyang saking tanah ngriki ingkang sami minggah kaji, wontênipun ing tanah Arab, sami botên kêkirangan satunggal punapa.

Kawontênanipun pulitik ing tanah Arab botên nguwatosakên tumrapipun têtiyang ingkang sami minggah kaji. Nanging bab èwêd-pakèwêd taksih wontên. Rêrêgèn barang mindhak kathah. Kintunan arta asring pinanggih rêndhêt. Ingkang makatên punika supados para ingkang minggah kaji sami ngirid-irid wêdaling arta.

Rêribêd ing donya ing wêkdal punika anjalari pakèwêdipun lêlinton arta. Kawontênanipun êmas ing tanah Arab kirang sangêt, mila rêgining arta êmas ngantos mindhak 10 dumugi 20%.

Agèn N.H.M. (Factorij) sampun mitulungi têtiyang tanah ngriki nglintoni arta êmas ingkang pajêng wontên ing tanah Arab.

Parentah tanah Arab sampun ambudidaya nyêgah indhaking rêrêgèn barang kanthi matêsi rêrêgèn, punapadene ing bab rêrêgèning barang têtêdhan ing Mêkah piyambak. Kajawi punika ugi nglajêngakên andhaping beya barang ingkang malêbêt 25%.

Têtiyang ingkang sami wontên ing Mêkah sami amanggih ribêd, jalaran saking rêgining barang mindhak, kintunan arta dipun êndhêg, padamêlan ing Mêkah kirang, saya tumraping sopir. Nanging botên wontên tiyang ingkang gêsangipun sangsara.

Têtiyang ingkang minggah kaji sami kasarasan.

[Iklan]

--- 33 ---

Jagading Wanita

Tiyang ambathik punika kêdah talatos.

Ing Kajawèn nomêr 102 kapêngkêr anyariyosakên ing bab tindak mugên ingatasipun tiyang ambathik. Tindak ingkang kacariyosakên wau gandhèngipun dhatêng kasusilan sampun katingal. Ing sapunika badhe nyariyosakên ing bab tindak talatos tumrapipun tiyang ambathik.

Ingkang nama talatos, punika pikantukipun badhe nyakèkakênnyaekakên. bathikan, awit pathokanipun tiyang ambathik, punika caking canthing kêdah ajêg, nèm sêpuhing malam inggih kêdah ajêg, isèn-isèn, têrusan, tembokan, biron, kêdah trêtip, awit sadaya wau badhe pinanggih wontên ing dadosipun sinjang. Manawi nêtêpi ing pathokan, tiyang lajêng sagêd mastani: wah, ngèngrèng têrusane padha, isèn-isène mêntês, tembok birone ora nocok. Kosokwangsulipun manawi botên nêtêpi cara ingkang kados makatên, ing mangke dadosipun sinjang dipun wastani blocok. Mênggahing sinjang blocok, punika tumrap ingkang mangrêtos, sagêd amastani awonipun, malah manawi dipun sade sagêd nyudakakên rêgi.

Pinaggihipun wontên ing umpak-umpakan, tiyang ningali sinjang ingkang sae bathikanipun, ngantos mungêl: bathikane bisa ngidung. Wontên malih jalaran saking anggènipun ngumbulakên, sinjang ingkang sae punika dipun wastani kados sinjang kraton. Malah ugi asring anggèndèng dhatêng ucap sae angengingi dhatêng ingkang damêl, inggih punika mungêl: wah, jarik kaya ngene iki mêsthi bathikane wong ayu. Wosipun sadaya wau dados palêmbanapangalêmbana. dhatêng saening sinjang, ngantos sagêd anggêgèndèng dhatêng pêpindhan warni-warni.

Tiyang ambathik punika tumindakipun botên beda kalihan tiyang sinau nyêrat sastra, caking tangan anggènipun nyêpêng canthing, dhumawahing cucuk canthing wontên ing montên, punapadene ênèm sêpuh saha wêdaling malam, punika manawi dèrèng kulina, pinanggihipun wontên ing sêratan inggih lajêng katingal, ukêlipun kakên, dhawahing malam kandêl tipis utawi sok nyêmlok, tuwin wujuding malam ingkang dhumawah wontên ingkang cêmêng, wontên ingkang jêne ingkang mahanani badhe botên sae dadosing sinjang.

Tumraping para kina, para putra putri sami dipun ajari ambathik, sinaunipun sapisan kapurih nêrusi, lajêng ngisèn-isèni, salajêngipun ngèngrèng. Ngèngrèng punika wontên ingkang mawi garisan, pola tuwin ngrujag.

--- 34 ---

Bêtawi Sèntrêm.

VI. (Têlas)

[Grafik]

Petruk : Saiki kapriye gêndhinge. Iki uwis têkan ngarêp sêka obêrêh, têrus ngalor apa menggok ngulon.

Garèng : Wèh, rada mêkewuh kiye.

Petruk : Nèk lingsomkir ngulon, jêbul rèisweik sêtrat. Têrus mangulon manèh, têkan ngarêp sositèt harmoni. Banjur rèhsomkir ngalor, urut dalan molênplit, bablas tanpa menggok têkan sêgara Jawa.

Garèng : Kapenake ngene, Truk. Nèk niyat arêp amlêsirake mata, nasak Pasar Baru bae, prêlune bisa wêruh rêrupèn sing elok-elok bangêt kae. Sêtrat kono kuwi jarene, sa-Bêtawi misuwur dhewe. Malah ana sing ngarani ênggon ambu wangi, pasabane uwong sing bèhèl-bèhèl, kalanganing kongkrus adu bêciking rupa karo anèhing sandhang panganggo. Saya nèk ambênêri mêntas gajihan utawa malêm Ngahad, hebat bangêt, Truk. Mulane, miturut unining layang kabar, kono kuwi arêp dianani tatanan sêpesial, jam sêmene têkan jam sêmene, pit utawa bocah ora kêna liwat, ning nèk montor kêna bangêt. Cêkake, sêtrat sitok kuwi, arum dhewe. Kosokbalèn karo bêlakang Pasar Sênèn. Huwèh ..., ambune, ta, nèh. Pête, jengkol, trasi, gêrèh, campur dadi sitok. Upama ana uwong sêmaput, ora susah digawa mênyang dhoktêran, anggêr digawa mrono mêsthi eling sanalika, hla wong prasasat disênggruk nganggo amoniyak, Truk.

Petruk : Hêk, êh, Kang Garèng. Sêtrat Pasar Baru kuwe pancèn hebat, pancèn modhèrên. Mung bae, isih kalah ngrêsêpake tinimbang karo rèiswèik kana kae. Sabab, toko-toko ing Pasar Baru kuwi, pasang rakite durung cara Eropis dêlês. Beda karo toko-toko ing rèiswèik kae, jan cara Eropah satus prêsèn. Cêkake, anggêr mlaku-mlaku ana ing kana, rasane kaya icip-icip ngrasakake hawa ing Eropah.

__________

Mawi garisan punika upaminipun bangsaning sinjang kawung, parang rusak tuwin cêplok. Mola punika ngêblak wujuding sinjang katèmplèkakên ing montên, panyêratipun nawang ing pêpadhang, ayang-ayanganing sinjang (pola) dipun dhawahi ing sêratan. Dene ngrujag, nganggit piyambak.

Inggih sawarnining tindak wau ingkang dipun wastani talatos.

--- 35 ---

Kabèh sruwa-sruwi wèstêrês, kajaba jongose karo cênthènge (jaga malêm).

Garèng : Iya, ya, Truk. Prakara toko bae, nèk ditamatake sabên bôngsa duwe pacak dhewe-dhewe. Toko Lônda, pacake beda karo toko Bombaèk, Tiyonghowah, Jêpang, lan sapanunggalane. Padhadene Tiyonghowah bae, totok karo pranakan, pacake iya beda.

Petruk : Mung emane, bangsane dhewe durung ana sing duwe toko gêdhêm-gêdhêm kaya ngono kuwi. Upama duwea, rak kêna dianggo têtimbangan mêruhi pacake, apa isih Jawa dêlês, apa niru Eropah, apa nulad Tiyonghowah.

Garèng : Nèk mung tirok-tirok ing jabane, aku ora yaok. Tak pêpuji rina wêngi, sudagar-sudagar bangsane dhewe, bisaa kêtitisan sêmangate sudaarsudagar. ngamônca sing bêcik-bêcik. Upamane, bab tatanan sarta bab pintêre gawe organisasi, bisaa kêlêbon sêmangat, Eropah utawa Amerikah. Adol aspirin, potrèt, mêsin tulis, mêsin mênjait, sanatogin ... nganti bablas têkan ing nagara ngêndi-êndi. Kaya ngono kuwi, rak marga saka pintêre gawe organisasi. Saiki, ing bab bandêle, srêgêpe, tlatène, karo gêmine, bisaa kêlêbon sêmangat Tiyonghowah. Nèk bisa kaya ngono, sudagar-sudagar bangsane dhewe mêsthi dadi sudagar gêmblengan.

Petruk : Uwis, Kang Garèng, uwis, mundhak kêbanjur nglindur. Saiki lingsomkêr ngulon. Êmpun, mas, samang bantêrake bangêt, sing nganti kaya montor mabur nika.

[Grafik]

Garèng : Wèh, jan ora ilok tênan bantêre. Sasat lakuning gagasan, Truk. Hara, rak êndang têkan ngarêp sositèt harmoni.

Petruk : Rèhsomkir, mas, ngalor bablas.

Garèng : Sarèh dhisik. Iki rak Dhepartêmèn Esèt-Ekonomissêsakên-kae, ta, Truk.

Petruk : Hêk, êh.

Garèng : Huwèh ... iki Truk. Tumrap aku, mung dhêpartêmèn sitok kiye, sing tak trêsnani bangêt. Rina wêngi tansah

--- 36 ---

kumanthil-kanthil ana ing idêp, cumithak ana ing têlênging ati, katon tumawang ing pangangên-angên.

Petruk : Ora, Kang Garèng, kok nganti kaya wong kêngungrungan kuwi sababe apa. Apa rumangsamu, mung Dhêpartêmèn Èsèt êthok, sing pênting dhewe tumraping nagara.

Garèng : Hla iya ora. Mung bae, wong mêmilih mono, ran kêmbang bili sasênênge dhewe. Nèk aku, mung Dhêpartêmèn Èsèt kiye sing tak sênêngi, sabab kantor kiye sing ngubat-ubêtake ekonomine nagara, sarta sing ngrêmbug bangêt mênyang panguripane kawula kene kabèh. Môngka, uwis têrang bangêt, yèn sing dadi pandhêmèning karaharjan sarta katêntrêmaning nagara kuwi, sing nomêr sitok panguripaning kawula, sing awujud panggaotan, têtanèn, padagangan, indhustri, misaya iwak, lan sapanunggalane. Kabèh kuwi, sing kajibah ngrêksa lan ngrêmbug kantor kene kiye. Hlo, apa ora pênting bangêt tumrap kawula cilik.

Petruk : Bênêr, Kang Garèng, ora klèru.

Garèng : Nèk saka rumangsaku, Truk, iguhe kantor kene kiye, kêna diarani uwis akèh tênan. Wong-wong desa, padha diwuruki nênandur sing bêcik. Juragan-juragan bathik, diiguhake supaya bisa slamêt. Kutha-kutha gêdhe, dianani kantor awèh rêmbug bab panggaotan warna-warna, ana gawe sabun, kecap, limun têmulawak, mèlêk kêdhêle, lawe tampar, nênun, ensopurêt. Gumunku, Truk, sakèhing rêrigên mau, sing ngundhuh uwohe - luwih-luwih bab panggaotan bangsane indhustri -, kok dudu bangsane dhewe.

[Iklan]

Petruk : Marga, sapisan kurang kapital dhuwit. Kapindhone, sêmangate prakara dagang lan panggaotan, uwis kêbacut akèh sing lumpuh. Nèk sêmangate dagang (handelsgeest) karo sêmangate wani tumandang (ondernemingsgeest) durung bêrkobar têmênan, hla mbok dituntun utawa dituturi utawa dikapitali sathekruk, sêngara bisa dadi. Cêkake, sêmangat rong warna mau kudu dirabuki têmênan.

Garèng : Uwis, Truk, saiki jalan têrus. Prakara rabuk sêmangat, dirêmbug besuk nèk kobêr.

Rêdhaksi tampi conto buku: 1. Mubêng Jagad, sêratan latin, gambaripun kathah sangêt, isi cariyosipun lare umur gangsal wêlas taun angubêngi jagat. Isinipun pancèn gandêm, sagêd ngindhakakên sêsêrêpan. Rêginipun - f 0.80.

2. Dongèng Adi, sêratan latin, ngêwrat cariyos lare, ngrêsêpakên manah tur sagêd anênangi dhatêng wêwatakan sae. Rêgi - f 0.36.

Buku wau kalih pisan wêdalkan Bale Pustaka ing Bêtawi.

--- 37-38 ---

[Halaman hilang]

--- 39 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

TANAH NGRIKI

Momotanipun K.N.I.L.M. ing taun 1939. Dumugining wêkasanipun taun 1939 momotanipun K.N.I.L.M. tumrap tiyang wontên 22.337, barang 114.196 kg tuwin post 59.812 kg. Têbihing panggenanipun sadaya wontên 2.479.643 km.

Pitulungan tumrap lare kêmbar sakawan ing Sukosari, Malang. Awit saking ada-adanipun Tuwan Soerojo, patih ing Malang, ngawontênakên comite amitulungi dhatêng panggêsanganing lare-lare kêmbar wau, amargi tiyang sêpuhipun botên gadhah.

Waragadipun wulangan dhukun bayi. Miturut wartos badhe adêging wulangan dhukun bayi ing Cirêbon, Regentschap Cirêbon nyadhiyani wragad kintên-kintên f 10.000.- tumrap taun kawitan. Waragading guru-guru f 6000.-. Lamining sinau sataun. Ing bab punika badhe nyuwun pambiyantu saking Parentah.

Kapal Jerman ingkang dipun tahan. Wontên wartos kapal Jerman "Wuppertal'' ingkang nuju labuh wontên ing Emmahaven, awit saking panêdhanipun kongsi Inggris supados dipun cancang wontên ingriku. Ingriku lajêng kawontênakên pajagèn pulisi inspecteur 1, Hoofdagent 1 tuwin agèn 11. Tuwin jalaran kaptining kapal wau nglawan dhatêng tindak wau, lajêng ngawontênakên tindak mêndhêti pirantosing mêsin ingkang anjalari kapal wau botên sagêd layaran.

Kajawi punika ing Surabaya ugi wontên kapal Jerman "Essen'', "Gassel'' tuwin "Naumburg'' dipun tahan, kanthi dipun pêndhêti pirantosipun mêsin, supados botên sagêd layaran.

Tatanan Raad Kawula. Miturut tatanan enggal, parêpatanipun Raad Kawula ing wulan Januari punika wontên tanggal 10. Ingriku badhe wontên rêmbag babagan Staatsregeling tuwin susulan rantaman. Sawarnining usulipun warga, katampèn awal-awalipun wontên ing tanggal 20 Januari, para warga ugi dipun parêngakên ngawontênakên pitakenan, badhe kawangsulan wontên ing wiwitanipun wulan Februari.

Stopplaats Doeren kadadosakên haltê. Jalaran saking adêging pabrik Bata wontên sacêlakipun stopplaats Doeren, ing sapunika stopplaats wau dipun dadosakên haltê.

Kamajênganing rèstaurant ing Surakarta. Ing Surakarta sampun madêg pakêmpalaning golongan rèstaurant ingkang kanamakakên K.R.I.S. saking cêkakaning Kêrukunan Restaurant Indonesia Surakarta. Pakêmpalan wau ngangkah kamajênganing panggaotanipun. Ing salajêngipun badhe ngêdêgakên coopêratie kanthi ngawontênakên aandeel dhatêng warganipun, sakêdhik-sakêdhikipun f 10.-. Ing sapunika warganipun sampun 14.

Putradalêm Nata ingkang dipun cakakên ing damêl. Awit saking dhawuhdalêm Ingkang Sinuhun ing Surakarta, wiwit ing wulan Januari punika rayidalêm, Mr. B.K.P.H. Djojokoesoemo, kadhawuhan nyambutdamêl wontên kantor Landraad ing Surakarta, dados ambtênaar têr beschikking, prêlu nyinau ing bab tumindaking pangadilan. Supados ing benjing sagêda dados pangarsa Pangadilan Nagari Surakarta. G.B.R.M. Kasan, ingkang dèrèng jumênêng Pangeran badhe kabantokakên dhatêng Gupêrnur Jawi Têngah ing Sêmarang, pêrlu nyinau babagan markt wezen ing provincie Jawi Têngah. Putradalêm B.K.P.H. Praboewidjojo badhe kabiyantokakên dhatêng Gupêrnur Jawi Wetan, nyinau padamêlan bestuursdienst B.B., kintên-kintên manggèn ing Malang. K.R.M.H. Soerjodarmodjo, kabantokakên dhatêng pêpatihdalêm, kapiji nyambutdamêl wontên ing kantor rijksblad tuwin "Kabar paprentahan''.

Manggih barang kina. Ing bawah dhistrik Musuk, Boyolali, wontên tiyang manggih barang kina awarni rêca pangantèn prunggu. Pinanggihipun wontên salêbêting pakopèn ing Barostampie, kêpêndhêm.

Auto-toelage. Wiwit tanggal 1 Januari 1940 para bupati ing Tanah Jawi tuwin Madura, manawi anggènipun nindakakên padamêlan ngangge autonipun piyambak, angsal auto-toelage f 75.- sabên wulan, tuwin angsal arta lêlintu waragad ing sabên kilomètêr f 0.05.

Tamu saking Siam. Ing Bandung mêntas kêdhatêngan tamu saking Siam, inggih punika Hoofdingenieur Phra Bisal Sukhumvid tuwin Budham Makvasu. Tamu wau maratamu dhatêng Directeur V. en W. Burgemeester tuwin Hoofd P.P.T. Kajawi punika ugi dhatêng ing Laboratorium Ned. Ind. Wegenvereeniging, Technische Hoogeschool tuwin sanès-sanèsipun.

Ingkang angsal lotêrij agêng. Lotêrij agêng ingkang mêntas kabikak punika ingkang prijs agêng piyambak ingkang saprapat dhawah ing Tuwan Sech Salim bin Abdullah Machfoed ing Gang Pêsayuran, Bêtawi. Dados angsal panduman f 20.000.-.

Mèngêti adêging Mosvia 60 taun. Ing Bandung mêntas kawontênakên paargyan mèngêti adêging Mosvia sampun 60 taun, manggèn wontên ing gêdhong Concordia. Ingkang anjênêngi paargyan wau Tuwan Residhèn E. Tacoma, wêwakil Dir. Pangajaran, Tuwan Loekman Djajadiningrat, burgemeester Bandung Tuwan Beets, ingkang bupati ing Bandung, Bogor, Sukabumi, Cianjur, Krawang tuwin Sumêdang, tuwin sanès-sanèsipun. Paargyanipun ingriku kawontênakên têtingalan warni-warni. Dr. Krafft, internaatsleider sêsorah ing bab babadipun Mosvia. Dumugining bibaran wilujêng.

Darmokondo santun nama. Wiwit tanggal 1 Januari punika ariwati Darmokondo ing Surakarta santun nama "Hariwarti'', dene sêsinglon ing pojok ingkang rumiyin "Tommik'' ing sapunika santun "Tjondobirowo''. Mugi santuning nama punika andadosna kamajênganipun.

__________

dene rumaos kêtaman, botên mokal manawi lajêng sami saiyêg mangun bètèng Ruslan-Jerman, nutup Sagantên Wetan.

Manawi Sagantên Wetan dipun kuwaosi Jerman tuwin Ruslan, nagari-nagari Scandinavie (Noorwegen, Zweden, Finland, Denemarken) rekaos sangêt anggènipun badhe polah.

Inggris kalihan Prancis sagêd gêntos midana Jerman kalihan Ruslan sarana lumêbêt ing Sagantên Cêmêng, mêdhot padaganganipun Ruslan. Lisah latung tuwin pêpêlikan ing Ruslan (langkung-langkung man-gaan) anggènipun ngintunakên dhatêng Jerman mêdal Sagantên Cêmêng têrus lumêbêt ing bêngawan Donau. Manawi wadya lautan Inggris-Prancis sawatawis wontên ingkang mlêbêt ing Sêgantên Cêmêng. Ruslan kalihan Jerman mêsthi inggih kêcipuhan. Mila botên anèh manawi wontênipun samangke ingkang kangge rêbatan juru kuncinipun Dardanellen inggih punika Turki. Ruslan sampun ngundhuk-undhuki Turki, kaajak rêrêmbagan malih. Trajangipun Ruslan badhe ngundhuk-undhuki Turki, sanadyan dèrèng kantênan angsal damêl, mêksa sampun botên adamêl sêkecanipun Italie, jalaran manawi Ruslan ngantos sagêd angsal panguwaos wontên ing Dardanellen, botên namung Inggris-Prancis ingkang badhe kapitunan, Italie inggih kapitunan. Mangka wontênipun samangke politikipun Italie taksih têtêp anti-Bolsjewisme (mêngsah Ruslan), mila sarêng Ruslan grayah-grayah badhe ngajak salaman kalihan Turki, Italie inggih tumuntên ngêmpakakên daya, ngajak rêmbagan dagang. Manawi Ruslan saèstu ngêlar prabawa wontên ing Dardanellen, punapa Italie lajêng sagêd malik ngrembyang ngrencangi Inggris-Prancis? Prakawis punika angèl batanganipun, jalaran inggih kados punapa kemawon, dumuginipun samangke trajangipun Italie taksih têtêp mêngêng, taksih têtêp ndhewe.

Gèndèng-cènèngipun pasulayan ing Eropah Lèr kalihan Eropah Kilèn, sapunika saya katingal cêtha. Namung punapa lajêng sagêd dados satunggal sayêktos, gêlar yêktinipun benjing manawi sampun kêlampahan.

--- 40 ---

Botên wontên ulam lêmuru malih. Wêdalipun ulam lêmuru ing pasisir Muncar, Banyuwangi, pinanggih dados satunggiling panggaotan agêng, ingriku ngantos kawontênakên los-los kangge padagangan punika. Nanging wêkdal punika ingriku botên wontên ulam lêmuru ingkang katingal. Padatan wontênipun ulam lêmuru punika sabên ing têngah-têngahanipun wulan November.

Studiereis dhatêng Indo-China. Awit saking kaparêngipun Parentah, miji Ir. van der Giesen, pangagênging Landbouwkundig Instituut ing Bogor, Ir. Makaliwy, landbouconsulent tumrap kolonisatie ing Borneo Kidul tuwin Wetan, sami kadhawuhan dhatêng Indo-China laminipun tigang minggu. Wigatosipun kadhawuhan nyatakakên dhatêng kawontênanipun tanêman pantun ing muara lèpèn Mêkong tuwin tanêman pantun ing sakubêngipun têlaga Kamboja. Inggih tanêman pantun ing rawa tuwin ingkang ngambang. Bidhalipun sami numpak motor-mabur. Paniti punika pêrlu kangge nocogakên kalihan kawontênanipun tanêman pantun ingkang kados makatên ing sungapaning lèpèn ing Borneo Kidul tuwin Wetan.

Arta kêrtas ngamanca. Kawartosakên, ing laladan ondêr dhistrik Karangawèn, Dêmak, kathah tiyang pados arta kêrtas ngamanca, kacariyosakên bilih arta wau ing sapunika pajêng. Sajatosipun wartos wau goroh. Mila wajib sami ngatos-atos.

Sabin kêlêban toya. Jalaran saking dêrêsing jawah, ing bawah Kutharêja wontên sabin 700 bau kêlêban toya. Sabin wau isi tanêman pantun ingkang taksih ênèm. Kapitunanipun dèrèng sagêd ngintên.

Pakêmpalan para mudha wêdalan A.M.S. Ing Sêmarang mêntas wontên pêpanggihaning para mudha wêdalan A.M.S. Ingkang ngawontênakên rêmbag ngangkah supados sagêd ngajèkakên dhatêng dhiplomanipun tuwin ngrakêtakên pasadherekan, supados sagêd andayani tumrap kabêtahanipun.

NAGARI WALANDI

Arta kangge Finland. Miturut wartos saking Den Haag anggèning nglêmpakakên arta Finland Nederlandsche Vereeniging kalihan Roode Kruis Nederland sampun angsal arta f 100.000.-.

Nyonyah ingkang agêng darmanipun. Satunggiling nyonyah Walandi ing London nyukani dhatêng Finland kathahipun 20.000 dollar, kêtarik saking anggèning migatosakên saha ngluhurakên bangsa Finland.

Têtiyang ingkang kêgrayang dados spion. Awit saking kenging panggrayang babagan spion, Parentah ing Amsterdam nindakakên papriksan dhatêng kantor-kantor Nagari tuwin gemeente. Ingriku wontên amtênaar 5 ingkang taksih tijdelijk sami dipun kèndêli.

Nêrak kanetralan. Miturut wartos ing tanggal 5 wulan punika, ing sanginggilipun provincie Utrecht wontên motor-motor-mabur ngamanca nggêgana inggil sangêt. Sarêng dipun susul ing motor-mabur Walandi, motor-mabur ngamanca wau lajêng ical.

EROPA

Rêmbag Volkenbond ingkang ngèngingi Noorwegen. Miturut rêmbag ing Volkenbond, ngantêp supados nagari wau ngawontênakên kêkêncêngan, nglilani utawi botên nagarinipun kangge margi ambêkta dêdamêl saking Eropa Kilèn dhatêng Finland. Manawi lampah punika dipun lilani, tamtu badhe dados rêmbag ingkang sakalangkung ruwêd. Miturut pamanggihipun satunggiling ariwati, amastani bilih tindak makatên punika saking rekadayanipun Jerman tuwin Prancis. Ingajêng parentah Jerman pancèn gadhah kajêng supados nyêgah pêrangipun Ruslan kalihan Finland, nanging ing sapunika sampun kalajêng pêrangan. Mila sagêdipun kasêmbadan lajêng sirêp, namung manawi nagari ingkang pêrangan wau purun tumindak rukun piyambak kanthi rêmbaging nagari-nagari ingkang sami gêgayutan.

Stalin botên purun sakuthon kalihan Jerman. Miturut wartos ingkang pinanggih ing London, Stalin botên purun ngawontên pasupêkêtan militèr kalihan Jerman. Cêkakipun ing bab peranganipun Ruslan kalihan Finland punika botên sagêd dipun cêgah sarana tindak politik.

Sêsulak ingkang badhe dados rame. Miturut wartos saking Berlijn, manawi Inggris tuwin Prancis saèstu mitulungi Finland mêdal Zweden tuwin Noorwegen, sagêd ugi Jerman kalihan Rusland lajêng nyambutdamêl sêsarêngan. Ing bab sêdyanipun Jerman tuwin Ruslan punika sampun karêmbag wontên ing parêpatan luhur papêrangan, ingkang dipun jênêngi Hitler, Goering Himler, Hess, Jendral Oberst von Brauchisch tuwin Admiraal Raeder.

Dene tumrapipun Inggris tuwin Prancis, botên angêndoni anggènipun nêdya mbiyantu Finland. Namung sarèhning nagari kêkalih wau inggih sawêg papêrangan piyambak, lampahipun kêpêksa rêndhêt. Ingkang sampun pinanggih Inggris tuwin Prancis ambiyantu dêdamêl tuwin arta, botên mrêduli dhatêng sintêna kemawon.

Stalin nêdha biyantu. Wontên wartos, Stalin nêdha biyantu dhatêng Hitler tiyang ahli kagunan cacah 200.000, pêrlu kapurih suka sêsuluh babagan panggêsangan dhatêng wadya Ruslan, makatên ugi tumrap dhatêng têtiyang ingkang sami gêgayutan. Kacariyos Ruslan botên kêdugi nglajêngakên nêmpuh manawi botên wontên ambiyantunipun para sagêd. Para ahli bangsa Jerman ingkang dhatêng ing Ruslan badhe dipun ayomi dhatêng Stalin tuwin badhe dipun blanja agêng. Ing bab punika, lêlajênganipun anggèning Ruslan purun nyambutdamêl sêsarêngan kalihan Jerman, manawi panêdhanipun wau dipun pituruti. Wusana namung gumantung kadospundi panimbangipun Jerman.

Kaprayitnanipun Jeman. Miturut wartos, Jerman nguwatosakên anggèning Inggris tuwin Prancis ambiyantu Finland sarana gêgayutan kalihan Zweden, amargi botên sande nagari kêkalih wau tamtu nggadhahi pangangkah damêl papan pagrokan gêgana tuwin lautan wontên laladan Zweden, ingkang lajêng badhe kangge mêngsah Jerman tuwin Ruslan.

Daya unggulipun Finland jalaran saking mangsa asrêp. Golonganing wadya Ruslan ing dhistrik Petsamo tuwin kanan-keringipun kêpêksa sami mundur, jalaran saking nyarêngi mangsa asrêp, tandanging prajurit saya kêndho. Tumapakipun wulan punika panêmpuhipun wadya Rus botên angsal damêl. Pabarisanipun wadya Finland ing pasisir sagêd nanggulangi panêmpuhipun wadya Rus, ngantos rêkaos ajêngipun.

Nanging wartos saking Kopenhagen, tumrap wadya Finland piyambak ing wêkdal sapunika sampun kêsayahan, sagêd ugi lajêng kasoran jalaran saking anggènipun kêsayahan wau.

Bêbaya bêna ing Turki. Kados ingkang sampun kawartosakên, ing sasampunipun wontên lindhu ing Turki, lajêng wontên bêna. Laladan ingkang kêtrajang wau ing Smyrna dumugi Ismid. Krêtêg-krêtêg tuwin tanggul kathah ingkang risak. Lubèring toya angêlêm dhusun-dhusun ingkang lêbêtipun ngantos 2 bêtêr. Têtiyangipun sami ngili dhatêng parêdèn. Tiyang ingkang tiwas kathah sangêt, nanging ingkang dipun wartosakên dèrèng wontên. Ing salajêngipun sampun manggih mayit 700.

ASIA

Kasoranipun wadya Jêpan. Miturut wartos saking Chungking tanggal 4 Januari, ing kitha kawontênakên paargyan mèngêti unggulipun wadya Tiongkok ing paprangan, inggih punika anggèning sagêd ngrêbat laladan saha sagêd ngasorakên mêngsah. Wadya Jêpan ingkang tiwas saha kêtaton wontên 10.000.

Kawontênanipun papêrangan ing Tiongkok. Ing sasampunipun wadya Jêpan mundur dhatêng Kwantung Lèr, tindak pandhêsêkipun dhatêng Kwantung-Honan tansah dipun tanggulangi ing wadya Tionghwa, ing salajêngipun botên wontên pêrangan ingkang wigatos. Ing salajêngipun wadya Tionghwa ngurung Nanning tuwin Kwangsi-Kidul, nanging wadya Tiongkok botên nêdya nêmpuh sêrêng, namung badhe ngrêsahi lampah kemawon. Ingriku lajêng wontên lampah enggal, Jêpan ngingêrakên wadyanipun bidhal saking Kanton, kintên-kintên lajêng badhe nindakakên pêrangan ing panggenan sanès. Kajawi punika ugi pêrlu kangge ambiyantu wadya Jêpan ingkang kasoran.

--- [237] ---

Kajawèn

No. 14, 16 Februari 1940

Bale Pustaka, Batawi Sèntrêm

--- 0 ---

[Iklan]