Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1941-01, #1670

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1941, #1670
Sambung:-

Kajawèn

No. 2, 7 Januari 1941

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm

--- 0 ---

LOTERIJ

[Grafik]

--- 21 ---

Ôngka 2, Sla Pn, 9 Bêsar Dal 1871, 7 Januari 1941, Taun XVI

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Slasa lan Jumuwah

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 Bêtawi Sèntrêm.

ISINIPUN: Sari Basa - Pangandikanipun I. W. Ministêr Wèltêr - Tarente - Jampi Jawi - Kawruh Bathik Warni-warni - Katêntrêman - Kitha Pusêring Kabudayan - Sêsakit Wudun - Babad Minggon - Kabar Warni-warni - Waosan - Ekonomi Rayat.

Saribasa

Gêtun lan Kêduwung

Kêduwung tanpa ambênêrake kaluputane, padha bae karo mompa ban anggêmbos tanpa gêlêm nambal bêdhahe.

Ngadhuh-adhuh nusahi lan anggêtuni kaluputane, durudurung. jênêng kêduwung. Kang aran kêduwung tamênan,têmênan. yaiku: duwe karêp kêncêng sarta niyat têtêp nêdya ambênêrake lupute.

Ruharaning ati iku siksaning kaluputan, kêduwung, ganjaraning ati kang uwis arêp luwar saka bêbandaning piala. Ruharaning ati tuwuhe saka bubrahing rasa rumôngsa, balik kêduwung saka ing ati kang uwis arêp pulih bêcik. Tumrap marang wong ringkih karo wong sêntosa, gêtun iku beda dayane. Tumrap marang kang ringkih, gêtun mau bisa anjalari saya pêpês lan saya êntèke kêkuwatane. Balik tumrap marang wong kang sêntosa, malah dadi banyu panguripan bisa anjalari gumregah mundhak sêntosa.

Susahe wong kêcuwan, ora sapiraa yèn ditandhing karo susahe wong gêtun. Tuwuhing cuwa, marga ora kêtêkan sing dijôngka, dadi bisa ngingêr anjôngka liyane. Barêng gêtun, kang digêtuni uwis kêpungkur, ora bakal bali manèh.

--- 22 ---

PANGANDIKANIPUN I. W. MINISTER WELTER

Ringkêsaning pangandikanipun I.W. Minister Welter sampun kawrat wontên ing Kajawèn No. 1. Dene wêtahipun kados ing ngandhap punika.

Tuwan Gupêrnur Jendral!

Atas namanipun pamarentah dalêm Sri Maharaja Putri kula ngaturakên tarima kasih kanthi gumolonging manah dhatêng atur pêpujinipun pamarentah Indhia saha kawula ing Indhia Nederland, nyarêngi kalihan ngancikipun taun enggal punika.

Makatên ugi kula piyambak, kaparênga ngaturakên tarima kasih kula tumrap pêpuji dhatêng kula. Saking panuwun kula, mugi panjênêngan karsaa pitajêng, bilih pêpuji wau saèstu mranani dhatêng manah kula.

[Grafik]

I.W. Minister Welter.

Wontên ing babadipun tanah Indhia Nederland inggih punika babad ingkang sampun tiga satêngah abad dangunipun, dèrèng nate sêsambêtanipun pangêmbat praja ing ngrika kalihan ing Eropah ngriki rakêt, supêkêt kadosdene ing salêbêtipun taun ingkang mêntas sumisih, taun ingkang kêbak kasangsaran, inggih punika taun 1940.

Tanah Indhia pancèn sampun saiyêg saèstu, sarta inggih sampun manunggil kalihan Nederland, kalihan pamarentahipun ingkang absah raos manunggil punika wau, sanajana sayêktosipun sampun botên prêlu katêrangakên, kacihna ugi saking pangandika panjênêngan. Ingkang makatên punika saèstu adamêl mantêp sarta suka sukuripun pamarentah luhur.

Pamarentah luhur mantêp, awit sanajan kathah anggènipun kecalan, taksih gadhah kêkantunan awujud kayakinan, inggih punika yakin bilih taksih sagêd ngêndêlakên tlatah laladaning krajanipun ingkang agêng piyambak, sagêd ngêndêlakên pitulunganipun têtiyang ingkang dumunung ing ngriku, botên mawang warnaning kulit utawi bangsanipun.

Suka sukur, dene têtiyang ing Indhia Nederland, sanajana sawêg nandhang ribêd sêdhih, sami saiyêg gadhah raos manunggil kalihan Nederland dalah pamarentahipun, inggih punika pamarentah ingkang dipun pangajêngi pêpundhèn kita Sri Maharaja Putri, pralambanging manunggilipun krajan Nederland sadaya.

Pamarentah inggih sangêt tarima kasih dene panjênêngan sadaya sami tumut ngraosakên kasangsaran ingkang sinandhang ing nagari Walandi, kados ingkang sampun panjênêngan wahyakakên kalayan sae amranani nalika panjênêngan napukakên parêpatan Raad Kawula ing taun punika.

Dhatêng kasêtyan panjênêngan, dhatêng agênging pitulungan panjênêngan, punapadene dhatêng kamêmpêngan panjênêngan ngupados ichtiyar mikantuk-mikantukakên kabêtahan kita ing salêbêtipun pêpêrangan ingkang ugi tinumutan Nederland punika, kula inggih ngaturakên tarima kasih sangêt.

Trênyuh raosing manah kula yèn kèngêtan sêtyanipun kawula alit golongan bangsa pintên-pintên bangsa, ingkang wontên ing nagari panjênêngan kalimrah winastanan "orang kecil". Cihnaning kasêtyanipun wongsal-wangsul panjênêngan unjukakên saandhap pêpundhèn kita Sri Maharaja Putri.

Mila pangajêng-ajêng kula, mugi kawula dalah pangagêngipun, ingkang botên mangrêtos basa Walandi, ugi sami puruna nganggêp bilih sêsorah kula punika, sanajan anggèn kula ginêman punika mawi basa kula piyambak ugi tumuju dhatêng têtiyang wau. Dhatêng têtiyang ingkang botên mangrêtos basa Walandi wau, kula badhe nglairakên raosing manah kula, raos utawi tuwuhipun saking têlênging manah, mawi basa ingkang ing kêpuloan ngriki kathah piyambak ingkang ngangge,-: Nuwun, nuwun sangêt! Awit saking pitulungan panjênêngan, sêtya tuhu panjênêngan, kula sami botên wêgah ananggapi warsa enggal punika kalayan tatag-têtêging manah.

Lêrês, lêlampahan ingkang badhe kalampahan ing salêbêting taun ngajêng punika namung Gusti Allah piyambak ingkang ngawuningani, ananging sanajan makatêna têmtu kula papagakên kalayan manah tatag.

Umbul-umbuling pêpêrangan kita taksih rêsik, kaurmatan kita botên gêmpil sarambut. Kula sami rinodaparipêksa, sakalangkung sangêt, sakalangkung nggêgirisi, awis wontên lêlampahan ingkang mirib kados lêlampahan kita punika. Bangsa ingkang luhur budinipun rêmên dhatêng katêntrêman, sampun ngêtog kêkiyatan murih botên katut pêrang, kathik mêksa pinrawasa ing

--- 23 ---

mêngsah ingkang dede tandhingipun, satêmah, sasampunipun nanggulangi kalayan toging kaprawiran kêpêksa nungkul. Mila lêlampahan kita punika adamêl kagèting tiyang sajagat, jalaran Nederland punika botên namung dados namaning panggenan ing ngèlmu bumi, ugi dados pusêring kabudayan, kadêrêng raos mardika, gêdhonging manah burus tuwin sêtya ngantos dados ucap-ucapan wontên ing pundi-pundi.

[Iklan]

Nagari Nederland dipun wastani nagari alit. Pancèn inggih makatên, ananging wontên ing babad donya awis-awis wontên nagari alit ingkang agênging lêlabêtanipun nglamaki nagari Walandi. Lêlabêtanipun Nederland tumrap kamajênganing jagat, botên kenging dipun tutupi, jêr ing jaman wingi lan ing jaman samangke ugi kathah sangêt Nederland anggènipun manjurung ngindhakakên bandha-bandha kawruh tuwin kagunan, punapadene urun punapa kemawon ingkang adamêl luhur sarta mulyaning manungsa. Bangsa Walandi sampun pintên-pintên abad ngraosakên kamonceran lan kawibawan, ewasamantên dèrèng wontên cihnanipun yèn sampun sêpuh utawi badhe risak. Malah kosok wangsulipun, bangsa Walandi taksih waras-wiris, taksih kêbak ing kêkiyatan tuwin kapurunan gêsang. Mila anggèn kula sami ngêntosi biratipun tindak sawênang-wênang punika inggih kanthi kapitadosan agêng. Makatên ugi, kanthi tatag, botên kirang ing pangajêng-ajêng anggèn kula sami ngêntosi dhatênging kalamangsa ingkang langkung mbingahakên tuwin langkung sae tumrap dhatêng panjênêngan, tumrap dhatêng kula sadaya, ananging langkung-langkung tumrap dhatêng bangsa kula ingkang wontên ing Nederland.

Ngèngêti atur kula wau sadaya, panjênêngan têmtunipun botên badhe gumun, Tuwan Guprênur Jendral, manawi kula cocog sangêt kalihan pamanggih panjênêngan, inggih punika kula kêdah sami sumanggêm nglajêngakên ayahan ingkang miturut lampahan babad dados bêbahan kula, kula kêdah sami tumandang miturut pamanggih kula piyambak, lan nêtêpakên lêlampahan kula inggih kanthi mardika sakajêng kula piyambak.

Ing salêbêtipun ngêntosi dhatêngipun kalamangsa ingkang mbingahakên tuwin ingkang langkung sae punika, bêgja dene kula sami angsal cêcuwak, inggih punika cêcuwak ingkang wujud pangrêtosan, bilih wontên rakyat dasanan yutan kathahipun ing salêbêtipun nandhang ribêt sêdhih punika sami ngatingalakên suka lilaning manah nêdya miturut dhatêng tuntunan kula, tuntunan ingkang mawi dhêdhasar aos-ingaosan, sarta mawi adhêdhasar lupiya, bilih bangsa kados bangsa kula punika, inggih kadospundi kemawon kawontênanipun, ingkang dipun udi muhung lampah lêrês lan ngadil, sirik dhatêng tindak sawênang-wênang. Makatên ugi anggènipun nindakakên paprentahan dhatêng bangsa ingkang awit saking karsaning Pangeran kapasrahakên dhatêng bangsa kula i.p. Wetanan, inggih tansah kapadosakên dhêdhasar lêrês lan ngadil.

Mugi-mugi pangajêng-ajêng ingkang kados makatên wau ing taun ngajêng punika njalarana kiyating panggalih panjênêngan anggènipun sami nindakakên sêsanggêman panjênêngan piyambak-piyambak, kanthi tanggên tuwin mardika, ngiras ngêntosi timbulipun Nederland wangsul dados nagari warganing bêbrayan bangsa.

Pangajêng-ajêng kula, sadaya ingkang sami mirêngakên andharan kula punika, samia purun nganggêb bilih sêsorah kula punika inggih tumuju dhatêng sliranipun piyambak-piyambak, sarta kaanggêpa, bilih ingkang ngucapakên têtêmbungan punika wau mitra panjênêngan sinarawèdi, mitra ingkang kapidêrêng kumêdah badhe sêsalaman piyambak kalihan panjênêngan sadaya.

Wêdharing atur kula punika, Ingkang Wicaksana, yêktosipun manah tansah èngêt dhatêng panjênêngan, èngêt dhatêng nagari panjênêngan, anggènipun endah, inggih nagari ingkang kula dunungi kala rumiyin, lan pancèn inggih lêrês kados ingkang kapangandikakakên dhatêng Ingkang Wicaksana wau, nagari ingkang tansah kumanthil-kanthil wontên ing kêkulunging manah kula.

Mênggah puji kula dhatêng panjênêngan, Tuwan Gupêrnur Jendral, tuwin dhatêng panjênêngan sadaya ingkang sami mirêngakên andharan kula, kula ringkês dados tigang têmbung minangka panutuping atur kula: "ingkang tatag, sami pitados lan sampun ngantos katêlasan pangajêng-ajêng!"

--- 24 ---

Tarente

Sampun kawartosakên, kala tg. 11 ngrintênakên tg. 12 November, R.A.F. ngrêmuk baita Italie wontên ing pandhêlikanipun ing Tarente, Italie sisih kidul. Gambar-gambar punika pamotrètipun sasampunipun katêmpuh, prêlu kangge nanjihakên kadospundi kawontênanipun.

[Grafik]

Baita slagschip klas Littorio nandhang karisakan agêng. Slagschip sanèsipun klas Cavour cakêt kalihan dharatan Tarente.

[Grafik]

1. Baita torpedo boocager kawêdalakên supados manawi kêtaman bom botên adamêl risaking baita sanès-sanèsipun. 2. Boocager klas Grecale. 3. Baita kruiser ugi kêtaman bom. 4. Kruizêr kenging bom, katandha kiwa têngênipun wontên lisahipun kathah . 5. Kruiser sami kalihan 4. 6. baita silêm kabêsmi

[Grafik]

1. Slagschip klas Cavour kenging bom, risak, badhe kèrêm; 2. Lisah katingal wontên ing sacêlakipun torpedo boocager, bokmanawi baita punika inggih kenging bom.

[Grafik]

--- 25 ---

Jagading Wanita

Jampi Jawi

(Ingkang nglêmpakakên Purnama)

(sambêtipun K. No.1)

Lênggahan (pawèstrèn)

Cara Jawi dêlês, wanita mêntas mbabar ngagêm jampi pawèstrèn nama lênggahan murih enggal saras, botên abuh. Dene caranipun ngangge dipun lênggahi, sampun ngantos kècèr, mila mawi kabuntêl mawi kapas rêsik (wêdalan apotek).

Pandamêlipun: Bubukan majakan (alus yêktos) 1 sendhok tèh. Bubukan kunci rêpêt (alus yêktos) 1 sendhok agêng. Bubukan jêbug (alus yêktos) 1 sendhok tèh. Bubukan jintên (alus yêktos) 1 sendhok tèh. Sadaya 4 warni kacarub dados satunggal kaayak alus. Manawi badhe ngagêm mêndhêt 1 sendhok tèh kabuntêl kapas.

Kajawi kangge wanita mêntas mbabar, ugi pêrlu kangge wanita sabên sêminggu sapisan, dayanipun sagêd nulak sêsakit lan ngicalakên rêrêgêd, dados rêsik botên ngganda, agêng sawabipun.

Jampi 40 dintênan

Para èstri yèn sampun 40 dintên anggènipun mêntas mbabar, kêdah ngunjuk jampi parêm angêt (galiyan) kawêwahana: godhong dlingo 1, godhong kêmuning 7, godhong pacar kuku 25, kagodhog dados satunggal kalihan jampi parêm angêt wau ngantos tanak saèstu. Mêndhêta 3/4 gêlas kaunjuk yèn sampun asrêp. Dayanipun dhatêng sarira ènthèng lan singsêt, kiyat pulih.

1. bubukan jae (alus) 10 sendhok tèh. 2. bubukan sêre (alus) 3 sendhok tèh. 3. bubukan mrica (alus) 1/2 sendhok tèh. 4. bubukan manis jangan (alus) 1/2 sendhok tèh. 5. bubukan cêngkèh (alus) 2 sendhok tèh. 6. bubukan pala (alus) 3 sendhok tèh. 7. bubukan mêsoyi (alus) 1/2 sendhok tèh.

Sadaya punika kacarub dados satunggal ingkang wradin yêktos, wasana kasaring, murih saya wradin. Dayanipun kajawi sêdhêp lan sêgêr, dhatêng badan ènthèng, botên mangsuk anginan.

Panganggenipun 1 sendhok tèh cêkap dipun cor wedang bêntèr 1/2 gêlas, gêndhis sacêkapipun.

Adu lima kaputrèn (unjukan kasarasan)

Pandamêlipun: 1. bungah têmpayang 10 iji. 2. ulêt-ulêt 5 iji. 3. pêkak 3 iji. 4. sêre 1 gêgêm. 5. jae 1.

Nomêr 4-5 kagodhog kapêndhêt toyanipun ± 2 manci kobokan.

Nomêr 1-3 kabubuk kasar-kasar.

Pandamêlipun:

Toyaning sêre lan jae ± 1/2 kobokan kagodhog malih ngantos umob. Bubukan (campuran) mêndhêt 2 sendhok agêng (dhahar) kacêmplungakên, têrus umob molak-malik ± kantun 1 panci, kaêntas kasaring. Toya saringan punika kagodhog malih kacêmplungan gêndhis batu ± pangaos 2 1/2 sèn, kaumobna ngantos sêpuh. Yèn sampun kaêntas kasaring, kawadhahan gêndul, katutup rapêt, sampun dados sêtrup adu lima. Sêtrup 1 sendhok tèh cêkap kaêcor wedang 1 cangkir, raosipun sêgêr, sêdhêp, arum. Prayogi kagêm unjukan putri, agêng dayanipun dhatêng sarira.

Jampi

Cabe, jae, laos, dlingo.

Ing mangke kasambêt bab jampi, têgêsipun njampèni sêsakit, sanès pangrêksa.

Anggèn kula njlimêti jampi Jawi dhatêng satunggil-satunggiling bahan, sawêg dumugi samantên ingkang sampun kabukti saenipun, mila prêlu kula sambêtakên ing ngriki, inggih punika: 1. cabe, 2. jae, 3. laos abrit lan dlingo.

Sêkawan bab punika mèh sami gunanipun, kados ta:

1. cabe punika kenging kangge njampèni badan lêmês, èngêtan kêndho, wadhuk kêndho, usus sarwa kirang kiyat, sampun raos cape.

Sumêrêpipun makatên, ing suwau cabe tansah kula gigit-gigit, raosipun pêdhês ngêtap mawi sêngak, langkung-langkung ingkang sêpuh yêktos. Yèn kula ejrah wijinipun alit-alit punika, sabên 1 cabe ± 66 glintir, raosipun pating clêkit pêdhês, dhatêng badan sumuk, môngka sawêg nggigit; wasana sagêd nggathukakên kalihan bêntèring raga, satêmah sagêd nyobi dhatêng para cape badanipun, nyata mikantuki. Sampun mêsthi pikiran saya modod, mindhak nyêngkakakên saenipun, sarana kaêkum kalihan alcohol, pêdhêsipun wêwah. Lajêng katuwuhan pamanggih damêl pil bendha laos sarana kula saèni panggarapipun, lan abên-abênanipun, cabe, laos, bendha, sagêd dados jampi kasêbut nginggil.

Pandamêlipun: cabe 25 (± 20.000 glintir wiji), bendha sêpuh 1, têngkêl laos abrit 1

Sadaya punika kadamêl garing, nuntên kagorèng sangan, kadhêplok lan kasaring piyambak-piyambak. Sasampunipun lêmbat, sadaya sawêg kacampur mêmêt. Panganggenipun: 2 sendhok tèh kaulêg kalihan tigan ayam (jêne) têrus kaêcor wedang bêntèr ingkang rikat ngantos dados 1/2 gêlas mawi gêndhis, kaunjuk sabên Rêbo lan Sêtu sabên badhe mapan tilêm.

Manawi bubukan wau kaêcor lugu, lajêng kasaring kaunjuk dados jampi balung (rematik). Manawi kaêcor mawi madu dados jampi jantung kêndho.

--- 26 ---

Manawi kaêcor mawi katetesan toyaning jêram pêcêl ± 1, dados jampi ginjêl kêndho.

Makatên malih bab jae inggih sagêd dados jampi ingkang migunani bab sêsakit nglêbêt ingkang kirang sae kados kasêbut nginggil, bedanipun sagêd madhêt piyambak, upami sêtrup jae sagêd mitulungi saening napas, jampi ngêlu, abuh, lan untu sakit, cêkap kabakar wêtah lajêng dipun gigitakên ing untu ingkang sakit.

Dene dlingo cêkap kangge tèh wedangan, nyarasakên sakit gorokan, namung gandanipun botên eca, mila dipun gêndhisi arèn, radi suda.

Wasana sêrat punika kagaliha trimah lowung kangge gêgaran pangrêksaning kasarasan, tinimbang sêpên. Tamat

KAWRUH BATHIK WARNI-WARNI

(Sambêtipun K. No. 103-104).

Pandamêlipun sari gamping kados ing ngandhap punika:

Gamping 1 kati (kapur) dipun toyani 4 blèg (80 l.), lajêng kaudhêk sarta kacêmplungan gêndhis klapa 2 tangkêp ugi kaudhêk. Manawi sampun mênêp, barang ingkang sampun kasoga kaping 7 wau lajêng dipun cêlup dhatêng bêninganipun sari gamping punika. Manawi sampun lajêng kaêntas sarta dipun klumbrukakên dhatêng siti utawi dhatêng mêstèr kanthi kalambaran kepang utawi sanès-sanèsipun supados botên rêgêd. Manawi sampun lajêng kagirah alon-alon, saha lajêng kajèrèng ing papan pamepean. Manawi sakintênipun sampun atus, lajêng dipun soga malih sapisan, panyoganipun ngangge soga angêt, lajêng dipun jèrèng ngantos garing. Manawi sampun lajêng dipun sari gamping, kacampuran sari kuning, tawas, têgêran.

Pandamêlipun sari gamping kados ing ngandhap punika:

Sari kuning 3/4 kati, têgêran 1/2 kati.

Barang kalih kasêbut punika sarêng-sarêng kagodhog, dipun toyani 1 blèg (20 l.), kagodhog ngantos umob sêpuh. Manawi sampun lajêng kacampuran kalihan bêninganipun toya sari gamping, ukuran gamping 1 1/2 kati, gêndhis klapa 1 tangkêp, toya 6 blèg (120 l.), kacampur ingkang ngantos campur lêrês, lajêng barang ingkang sampun dipun soga wau kacêlup dhatêng toya sari gamping ingkang sampun kacampur kalihan godhogan sari gamping, tawas wau, lajêng dipun ulêt-ulêt ngantos mukêt. Manawi sampun lajêng karêndhêm sadalu wontên talawah utawi bak. Enjingipun lajêng kagirah toya kacampuran tawas lan gêndhis batu.

Pandamêlipun toya tawas kacampur gêndhis batu kados ing ngandhap punika:

Tawas 1/4 kati, gêndhis batu 1/8 kati.

Barang warni kalih punika kagodhog sarêng-sarêng, dipun toyani 1 1/2 blèg (30 l.). panggodhogipun umob sêpuh. Manawi sampun asrêp barang rêndhêman wau dipun girah kalihan toya tawas campuran gêndhis punika. Manawi sampun lajêng kakêbyok (kagodhog). Manawi lilinipun katingal rêsik, lajêng kaêntas kagirah dhatêng toya limrah. Manawi sampun lajêng kagirah malih dhatêng toya tawas ingkang ukuranipun namung raos kêcut mônda-mônda, lajêng dipun girah toya limrah ngantos rêsik. Punika sampun dados babaran sinjang.

Anggodhog soga kangge babaran Solo kasaran:

Tingi 95 kati, soga (jambal) 5 kati, têgêran 2 1/2 kati.

Barang tiga punika dipun godhog sarêng-sarêng, dipun toyani 10 blèg (200 l.). panggodhogipun umob sêpuh, kakantunakên 7 blèg (140 l.).

Panggodhogipun 4 rambahan, kalêrêmakên kados ingkang sampun, lajêng barang ingkang badhe kasoga dipun lêmpit wiron, lajêng kacêlup soga ing talawah sarta dipun ênyêt-ênyêt ngantos waradin. Lajêng kasampirakên ing angklèk (gawangan). Manawi sampun atus, lajêng dipun jèrèng dhatêng papan pamepean ngantos garing. Anggènipun nyêlup soga 4 rambahan, manawi sampun lajêng dipun sari gamping, kacampuran tawas lan sari kuning. Pandamêlipun makatên:

Gamping (kapur) 1 kati dipun toyani 2 blèg (40 l.), kacêmplungan jur-juran gêndhis klapa 1 tangkêp sarta lajêng kaudhêk, lajêng godhogan sari kuning lan tawas, takêran kados ing ngandhap punika:

Tawas 1/2 kati, têgêran 1/2 kati, sari kuning 1/2 kati.

Barang warni tiga punika kagodhog dados satunggal, dipun toyani 1 blèg (20 l.). anggènipun nggodhog ngantos umob sêpuh. Manawi sampun lajêng bêninganipun sari gamping wau kacampur kalihan godhogan sari kuning lan tawas punika, lajêng kaudhêk ngantos campur lêrês. Manawi sampun, barang ingkang sampun dipun cêlup soga kaping 4 wau lajêng dipun cêlup dhatêng sari gamping campuran punika, kaênyêt-ênyêt utawi kaulêt-ulêt ngantos waradin. Manawi sampun lajêng dipun kêbyok (kagodhog). Manawi lilinipun sampun rêsik, lajêng dipun girah toya tawas, takêran namung raos kêcut mônda-mônda. Manawi sampun lajêng dipun girah toya limrah ngantos rêsik. Punika sampun dados babaran sinjang.

Jayèngwignya

(wontên lajêngipun)

--- 27 ---

[Iklan]

--- 28 ---

Katêntrêman

Têmbung katêntrêman punika saking lingga: têntrêm, dene têgêsipun: mênêp lan wêninging manah.

Miturut katêranganipun para ahli raos kabatosan, dipun cariyosakên: sintên tiyangipun ingkang mênêp lan wêning manahipun, inggih punika nyatanipun tiyang ingkang sampun sagêd manggèn utawi dêdunung wontên ing alam katêntrêman.

Katêntrêman punika tumrapipun para wicaksanèng budi, inggih ingkang sami dipun anggêp janatunaim (swarga kang tanpa kira). Pramila para wicaksana lajêng adamêl: rahsa wursita, ingkang mungêl makatên:

Swarga iku sajatine katêntrêmaning atinira dhewe.

Ungêl-ungêlan makatên punika kacundhukakên kalihan lapal kolbu mukmin baetullah. Ingkang maknanipun: atining mukmin iku kadhatoning Allah.

Kagathukakên malih kalihan dhawuh jangji-jangjining Allah dhatêng manuswa, kados ingkang kasbut ing kitab ingkang nyariyosakên tumuruning wijinipun manuswa, makatên: sasampunipun manuswa anyanggêmi tumitah wontên ing ngarcapada saha nêdya ngèstokakên punapa sadhawuhing Allah, punapa malih aprasêtya botên badhe pangling dhatêng Allah Pangeranipun sajati. Ing ngriku Allah tumuntên paring dhawuh sapisan êngkas minôngka pangèngêt-èngêt:

He, wijining manuswa, manawa sira wus kalaksanan tumitah ana ing alam donya, ana wêwêkas ingsun sapisan manèh marang sira, lan poma aja sira lali-lali, yaiku: rêksanên dhampar palênggahan ingsun têgêse aja pisan-pisan sira wanuh wani angobah-obah. Kawruhanira, wijining manuswa, yèn sira kongsi anglirwakake dhawuh pêpacuh ingsun iki, ora kêna ora sira mêsthi ingsun patrapi paukuman kang luwih dening abot-§ Mênggah nyata utawi wujudipun: risaking manah. Risaking manah inggih risaking gêsangipun. kosokbaline, lamun sira tansah angèstokake dhawuh parentah ingsun mau yaiku tansah rumêksa marang dhampar palênggahaningsun, sira mêsthi ingsun ganjar kaluhuran lan kamulyan kang luwih endah, nyatane sira bakal Ingsun parêngake manggon ana ing swarga kang tanpa kira.

Mirid wêwarahing kawruh manunggal anêrangakên bilih ingkang sagêd utawi ingkang wênang manggèn wontên ing swarga tanpa kira wau sajatosipun namung kawasanipun Allah piyambak, dados saupami wontên umat ingkang pinarêngakên manjing utawi manggèn ing ngriku punika, têmên-têmên umat utawi tiyang wau sampun sagêd wangsul dhatêng asal kamulanipun, inggih kawula ingkang sampun manunggal ing Gusti, sampun [sampu...]

--- 29 ---

[...n] wangsul Allahipun malih, anêtêpi ungêling lapal pêpuji Inalilahi wa inailaihi rajiun. Ingkang maknanipun asalira saka Allah balia maring Allah.

Pramila kêplasipun pisan inggih sampun wangsul jumênêng ing Allah balaka. Mantukipun kalihan lapaling surat Iklas… lahu kuphuan ahad. Têgêsipun ora ana sawiji-wiji kang bisa kuphu (nunggal) karo Allah, kajaba Allah.

Samangke mangsuli bab dhampar. Murih saya gamblangipun, kados prêlu katêrangakên sawatawis, punapa ta mênggah ingkang dipun sanepakakên dhampar wau.

Dhampar - ing ngriki nyatanipun inggih ati - atining mukmin. Dene cocogipun kalihan kawruh pêprincèn peranganing badanipun manuswa, ati punika perangan ing nglêbêt, ingkang anggandhèng sakathahing raosipun anggota sadaya. Awit ati wau dumunung ing madyantara. Mila inggih ati punika ingkang kaanggêp dados ratuning bawana. Inggih ratuning sarira, inggih ratuning badan.

Kangge tôndha saksi ingkang mêlok bilih ati punika ratuning badan, nyatanipun samôngsa-môngsa tiyang punika risak manahipun, raganipun utawi peranganing badan sanèsipun tamtu lajêng katut kemawon, têgêsipun lajêng katut risak tanpa karana, sarta tuwuhing karisakan wau warni-warni wujudipun, wosipun: tansah nandhang kasmala utawi sakitên kemawon.

Inggih jalaran makatên wau, para ahli kabatosan lajêng nêtêpakên bilih katêntrêman punika dhêdhasar paugêraning agêsang, inggih dados têtalêsing pangudi kawruh kabatosan.§ Ingkang botên gêpok senggol kalihan lampahing pangudi panggêsangan, jalaran pancèn miji. Amargi kêpara nyata, wontên tôndha saksinipun ingkang jèngglèh, kenging utawi gampil kasipatan ing netra kapala. Inggih punika sanadyan lampahing pangudinipun kawruh kabatosan sampun mêncit dumugi ing pucak pisan, manawi tumindakipun tanpa kanthi katêntrêman, botên kenging botên sadaya kawruhipun tamtu badhe sirna lêbur tanpa kukupan.

Lah punapa têgêsipun sirna lêbur tanpa kukupan utawi pundi ta mênggah nyataning kawujudanipun - botên sanès inggih punika risaking manahipun.

Kauningana, sok tiyanga risak manahipun - sampun tamtu inggih risak barang-barangipun, inggih atêgês risak gêsangipun. Sabên tiyang punika gêsangipun risak, têtela tampi sapudhêndhaning Pangeran, inggih punika nyatanipun tiyang kêcêmplung ing naraka, icip-icip angraosakên siksa ing akirat.

Wontên lajêngipun.

Katandhan pun Ki Surènggati

--- 30 ---

Kitha Pusêring Kabudayan Jawi

V

Kêjaba bab jogèd, ana ing Surakarta iya ana prakara liyane sing tak lêbokake nèng kêpèk, bokmanawa prakara iki iya prêlu bangêt padha tak sumurupi lan tak gatèkake bangêt.

Aku ki rak rada gumun, gumun nyang awakku dhewe, Truk. Anggêr mingsêd saka Batawi, kêpèkku mêsthi banjur kêbak mêncêb ayake saking gumunane, dadi apa-apa dilêbokake kêpèk, jênênging panganan bae nèk modhèl anyar, kaya ta gadho-gadho, cap gomèk, ènèng-ènèng, uwak-uwik, dhudha ngamuk, randha tiba… iya tak cathêti nèng notês, mulane sajroning lêlungan kiye, lagi têkan ing Sala bae wis êntèk notês ênêm, seje bloknute.

Mêsthine panjênênganmu wis krungu yèn ing Surakarta ana pêrgêrakan hebat, dudu obah-obahan politik, dudu obah-obahan ekonomi lan iya dudu obah-obahan kabatinan, ananging ora kurang migunani lan ora kurang wigati tinimbang sêgala macam obah-obahan mau, yaiku obahan bab basa Jawa.

Rèhning aku wong Jawa, bapakku Jawa, êmbokku Jawa, êmbahku Jawa, eyang buyut kaki nini Jawa, cêkake wiwit aku têkan êmbah-êmbah Jawa tênan, mulane krungu ana obah-obahan basa Jawa atiku mêksa banjur kontak bangêt. Ana ing Sala aku banjur nlusup-nlusup arêp ngrêti kaanane obah-obahan mau. Yèn obah-obahan mau pancèn obah tênan, têgêse aksine pancèn hebat têmênan, aku sir arêp mèlu anggêbyur mênyang obah-obahan mau. Ning, kok iya rada kêmlunthu, ya Truk, ing atase aku, hla kok arêp anggêbyur obah-obahan basa Jawa, hla mèmpê we owa. Sabab sing bisa lêlumban mênyang obah-obahan mau, mêsthine kudu para dhèskêndhêhê basa Jawa. Ananging rèhne maksud lan tujuane obah-obahan mau wis gênah apik bangêt, maedahi bangêt, cêsplêng bangêt, aku mêksa kêpengin mèlu urun bau suku, sanajan namung dadi èndhèl utawa tukang ngrungokake.

[Iklan]

Sabênêre ada-ada nêdya andandani lan ngajokake basa Jawa kuwi dudu barang anyar. Jamane Ki Padmasusastra aliyas Praja Pustaka, wis ana jôngka mêngkono mau. Malah iya wis tau ngêtokake kalawarti sing mligi ngrêmbug basa Jawa lan uthêk kaliwêre kawruh Jawa, yaiku kalawarti Sasadara, Côndrakanta, lan Waradarma. Kêjaba ing Surakarta [Surakar...]

--- 31 ---

[...ta] ing panggonan liyane iya wis tau lan wis kêrêp ana jôngka kaya ngono, nganti padha ngêdêgake kumpulan ana Mardibasa, Mardisastra, Mardipujôngga, Mardigunabasa, ènsoprut, ning iya banjur ana sing salah kêdadèn dadi kumpulan mardipèi lan mardidhomino. Maune anggêr gandringan mêsthi ngrêmbug layang Jawa, êmbuh maca lan nyurasa Wedhatama, êmbuh Pustakaraja, êmbuh Cêmporèt. Anggêr mrêgoki têmbung angèl utawa ora ngrêti surasane, banjur padha dipadu ngantèk gayêng. Dene gêgamane, sing lumrah bausastra Wintêr utawa Roordhah, arang-arang bangêt sing duwe bausastra Kawi Bali. Kang akèh-akèh, padha duwe panganggêp yèn sinau basa Jawa kuwi gêgamane sing nomêr siji ming bausastra. Anggêr wis ngadhêp bausastra, wis patohan bangêt. Môngka bausastra kuwi sajatine mung jinising srana, lan isih akèh bangêt srana-srana liyane sing luwih prêlu. Kumpulanku mardibasa biyèn, bubrahe marga banjur malih dadi kumpulan pèi. Dhèk wiwitan, anggêr dhong gandringan jam 7 têkan jam 10 bêngi mêsthi ngudi basa Jawa têmênan. Suwe-suwe, bar gandringan isih têrus omong-omongan, suwe-suwe manèh, tinimbang omong barès, banjur nganggo sambèn pèi utawa dhomino. [dhomino...]

--- 32 ---

[....]

Kasarasan

Sêsakit wudun

Saking R. Soemadirdja, Ind. Arts. Ungaran

Wudun punika kalêbêt sêsakit kulit ingkang kêrêp kêsrambah. Ingkang limrah, tuwuhing wudun punika margi kulitipun kalêbêtan basil ingkang nama Staphylococcen. Lumêbêtipun mêdal ing bolonganing kulit nalikanipun kulit wau kenging rêrêgêd.

Wiwitanipun ing kulit mlênthing alit bundêr. Botên dangu ing têngahing plênthing wau wontên undêranipun pêthak ut. jêne mêncungul. Sakubêngipun plênthing katingal abrit. Manawi plênthing wau mêcah utawi dipun sudhèt sarta lajêng mêdal nanahipun, limrahipun lajêng mantun.

Rèhning jalaranipun wudun punika saking rêrêgêd ingkang isi basil Staphylococcen, mila pangrêksanipun murih botên kêtularan inggih namung rêsikan. Sampun ngantos linton sinjang utawi pangangge kalihan tiyang wudunên.

Wudun wontên ingkang sok ngêmpal kathah, limrahipun dipun wastani wudun brama (negenoog) punika ambak-ambak katingalipun sapele, namung manawi kirang ngatos-atos mêksa mbêbayani, jalaran lajêng sagêd nuwuhakên infectie (bloedvergiftiging). Langkung-langkung manawi tuwuhipun wudun wau jalaran katularan basil Straphtococcen, punika pancèn mbêbayani saèstu. Wudun limrah, botên mawi ngawontênakên sakit bêntèr. Namung manawi wudun Straphtococcen limrahipun mawi sakit bêntèr.

Tiyang sakit gulanên (Suikerziekte) inggih sok kêthukulan wudun. Manawi wudunipun nggrombol dados satunggal (negenoog), punika sanajana dipun opêrasi pisan, ingkang kathah-kathah mêksa njalari tiwas.

Panjaginipun, kados ingkang sampun kula aturakên wau nomêr satunggal kêdah rêsikan. Badan dipun udia sampun ngantos kenging rêrêgêd. Linggih prak-prok saênggèn-ênggèn punika inggih botên prayogi, saya tumrap lare alit.

Sadhèrèk Jawi sok wontên ingkang gumluwèh, manawi wudunên kapurih ngèndêlakên kemawon, kajêngipun matêng rumiyin. Mangke manawi sampun matêng, lajêng dipun plothot. Makatên punika salugunipun kirang prayogi. Wiwit kraos badhe wudunên, kêdah tumuntên dipun jampèni. Saya enggal saya prayogi. Yèn sawêg wiwit mlênthing, tumuntên dipun usar-usari yodiumtinctuur ingkang cuwèr, utawi dipun komprès mawi spiritus utawi alcohol, lajêng dipun tutupi mawi kapuk kapas.

Dene manawi wudun wau sampun mêcah utawi sampun dipun sudhètakên dhatêng dhoktêran, nanahipun dipun rêsiki mawi kapas ingkang sampun dipun têlêsi toya sublimat utawi sanèsipun. Kapas ingkang sampun rêgêd utawi ingkang gêgêpokan kalihan wudun wau, sampun dipun bucal saênggèn-ênggèn, margi punika isi basil, samangsa dipun gêpok ing tiyang sagêd nular.

Manawi dhoktêr, anggènipun njampèni wudun punika ugi wontên ingkang mawi tablèt biergeest lan ugi wontên ingkang mawi dipun suntik vaccine utawi serum staphas (staphy lococcen).

Wudun inggih wontên ingkang jalaranipun saking basil straptococcen, punika jampinipun inggih dipun suntik mawi straptococcenprontosil utawi dipun têdhani tablèt prontosil utawi sanès-sanèsipun.

Rèhning wudun punika warni-warni jalaranipun, mila manawi wudun sanajana katingalipun botên bêbayani pisan, mêksa prayogi manawi jêjampi dhatêng dhoktêran.

LÊLUCON

Botên sagêd ngraosakên.

Dhoktêr: "Punapa kalawau dalu sampeyan sagêd sare sakeca?"

Tiyang sakit: "Kirang têrang, dhoktêr, kula botên sagêd ngraosakên, amargi anggèn kula tilêm kêpatos, ngantos sadalu muput botên nglilir."

(Sakim, Balung)

Bantêr-bantêran kapal.

Wira: "Kapal kula dhawuk punika, salami-laminipun dèrèng nate mambêt cêmêthi, kula kêthêki kemawon lampahipun sampun kados kilat."

Cakra: "Witikna kapal kula dragêm punika, yèn kula tumpaki botên usah ndadak kula kêthêki barang, sabên kula tumpaki cemplo, lap, kados kilat."

Wangsa: "Taksih kêras kapal kula, pun Gagakrimang, la tiyang dèrèng ngantos kula cemplo, sampun mbalap, blas tanpa tilas."

(Kyai Pacitan)

Ungêl awon kalêrêsan.

Dhalang: "Wau ta sintên ingkang sinewaka wontên ing sitinggil binaturata, inggih Sang Prabu ... ingkang rama Prabu Baladewa, inggih punika Sang Prabu ... Sang Prabu ...

Tiyang ningali: "O, dhalang kaya basu."

Dhalang: "Inggih Sang Prabu Basudewa."

Pangawak setan.

A: "Punapaa inggih, bojo kula punika manawi sêsarêngan mlampah kalihan kula, kok nolah-nolèh kemawon."

B: "Bokmanawi saking sampeyan punika pangawak setan, sok ngical."

A: "Punika mèmpêr. Layak nalika kula mantuk kêdalon dipun ungêlakên: Setan alas."

--- 33 ---

BABAD MINGGON

Kawontênanipun Eropah.

30 Dec.-6 Jan.

Tumapakipun taun 1941 punika Hitler inggih nyagahi rakyatipun kados kala ing taun 1940, inggih punika ing salêbêtipun taun punika pêpêrangan têmtu sampun bibar, lan ... Jerman unggul.

Makatên ugi sapukawatipun Hitler, i.p. Maarschalk Goring, Jendral Brauchtisch tuwin Admiraal Rader, prajuritipun ugi dipun cariyosi yèn Jerman sampun nyakêti kamênanganipun.

Sagêdhagan punika têmbungipun Hitler radi anèh, beda kalihan adat sabênipun, botên patos agressief, botên ngatingalakên adigang adigungipun botên, mawi ngumbar swara panggêrtak, lan ... ingkang kalêbêt nganyar-anyari malih dene mawi ngakêni panguwaosing Pangeran.

Punika mêsthi wontên sababipun. Nitik kawontênanipun, anggènipun sajak kêndho punika kenging katêmtokakên margi mangrêtos sarta kraos saèstu, yèn mêngsahipun ingkang pungkasan inggih punika Inggris pancèn botên kenging dipun suwawa, botên kenging dipun gadho gêsang-gêsangan kados sanès-sanèsipun.

Kajawi punika, ugi kadayan dening sêrêting rodha ekonominipun piyambak. Indhustri-indhustri ingkang prêlu-prêlu tumrap lampahing papêrangan, botên sakêdhik karisakanipun awit kaobrak-abrik wadya R.A.F. Mangka bêbau ingkang sami nyambut damêl kathah ingkang kangge bêbantên wontên ing papêrangan, dados lajêng kapêksa nganggèkakên bau tambêlan, inggih punika lare-lare, tiyang èstri, tiyang pènsiunan utawi tiyang ukuman. Miturut katêranganipun s.k. Danziger Vorposten, salêbêtipun wulan Sèptèmbêr kapêngkêr punika Jerman kapêksa ndhatêngakên bêbau ngamanca 400.000, tiyang tawanan 200.000, tiyang èstri 200.000. Lajêng kangge nyampêdi kabêtahaning indhustrinipun, pamarentah Jerman sampun nyambut dhatêng rakyat gunggung kêmpal wontên 641 yuta mark. Mangka komplotanipun, inggih punika Italie, têrang yèn botên sagêd mitulungi Jerman ing bab ekonomi, malah kêpara dados damêl.

Namung, punapa Jerman lajêng nyandèkakên anggènipun badhe nggêbag Inggris? Churchill tuwin para ahli kamiliteran Inggris saiyêg mangsuli: botên! Mila sanajan kadospundi kemawon polahipun Jerman, Inggris têtêp têrus siyaga kalihan ngobrak-abrik pancadan tuwin indhustrinipun Jerman.

Manawi nitik tandang grayangipun Jerman salêbêtipun minggu wingi, saya katingal cêtha bilih ingkang dipun tulad Hitler punika Jengis Khan. Botên namung lampahing pêrangipun, i.p. pêrang blêdhèg, nanging ugi gêlaripun pisan. Gêlaripun Jengis Khan, raja Mongool ingkang kala ing taun 1275 sagêd ngêlun tanah Eropah ugi mawi lampah gêrtak, mbibrah manah, nyêbar sêpiyun, namung ngrêmuk panggenan satunggal prêlu kangge ngajrih-ajrihi, nggêgiro mêngsah. Hitler ugi makatên. Kala minggu wingi Inggris langkung-langkung Londen dipun obrak-abrik saèstu kalihan Lutfwaffe. Panêmpuhipun muta tuli, namung niyat badhe mêpês kapurunanipun têtiyang Inggris. Namung têtiyang Inggris botên gigrig. Malah ing nalika punika ugi gêntos ngobrak-abrik Bremen ngantos dados sagantên latu mangalad-alad.

Rèhning sampun têrang dèrèng sagêd nggêbag têrusan dhatêng Inggris, Inggris badhe dipun jugrugakên saking katêbihan. Trajangipun Jerman ngênêr dhatêng keblat sakawan.

Sapisan, badhe nggêgêm Afrika lèr mêdal Sepanyol. Ingkang dipun incêng sagêda nguwaosi Gibraltar, tuwin palabuhan-palabuhan ing Afrika lèr tuwin kilèn, prêlu kangge mbibrah palayaranipun Inggris.

Kaping kalih, badhe nguwaosi palabuhan-palabuhan Prancis ingkang ngongkang sagantên têngah, prêlu badhe ngobrak-abrik sagantên têngah dalah sakiwatêngênipun.

Kaping tiga, nglanjak dhatêng Rumenie. Dene kaping sakawanipun, mapanakên wadyabala dhatêng Italie.

Anggènipun badhe mêdal Sêpanyol, taksih kapagol, jalaran Sêpanyol dèrèng purun nayogyani. Malah ing salêbêtipun minggu wingi, tangkêpipun Jendral Franco dhatêng Inggris katingal langkung sae tinimbang wingi-wingi. Makatên ugi wêwakil Inggris wontên ing Madrid. Hoare, inggih nêrangakên yèn sêsambêtanipun Inggris kalihan Sêpanyol botên prêlu kasamarakên.

Anggènipun badhe nggêgêm palabuhan-palabuhan Prancis ing sagantên têngah punapadene nyambut wadya lautan Prancis, sampun dipun rêmbag pintên-pintên dintên, ananging Maarschalk Petain taksih têtêp panggah. Malah ing akiripun minggu wingi sampun wontên wartos yèn wadya lautan Prancis sami kapindhah dhatêng Afrika, kaawadakên kangge ngrêksa jajahan Prancis sampun ngantos karêbat golongan Prancis mardika ingkang dipun pangajêngi Jendral De Gaulle. Lêrês lêpating wartos punika dèrèng têrang.

Namung saking pikajêngipun Petain têrang kangge ngêrèm Jerman anggèning sampun tata-tata wontên ing tapêl watês badhe ngêjègi tirahaning Prancis ingkang dèrèng kaêjègan. Manawi Jerman ngêjègi, wadya lautan Prancis kapindhah dhatêng Afrika. Prancis niyat badhe nyêpêng dêdamêl malih. Kangge nyantosakakên paprentahan Prancis ing Vichy, kanayakanipun namung dipun awaki tiyang tiga, inggih punika Admiraal Darlan, Jendral Huntziger tuwin Flandin. Jangêt kinatêlon punika dipun pangajêngi Maarschalk Petain.

Ingkang taksih dados "mystery-man" (tiyang nyalawados) inggih punika Weygand. Tandang lan kaantêpanipun taksih sarwa pêtêng, sarwa sinamar, botên kasumêrêpan têrang. Kalangan Inggris panyawangipun dhatêng Weygand umumipun "padhang", têgêsipun, anggènipun wontên ing Afrika punika mligi kangge ngagag-agagi Jerman sampun ngantos ngênyèk sangêt-sangêt dhatêng Prancis.

Sanajan taksih dipun kikibi, sampun têrang manawi prajurit Jerman wontên ingkang kapapanakên ing Italie. Malah miturut wartos ingkang kantun punika, wadya ngawang-awang Jerman inggih sampun wontên ingkang kadhatêngakên ing Italie. Trajangipun Jerman punika kenging kawastanan ngiras-ngirus; gêlaripun kados mitulungi Italie, batosipun ngontrole lan nyurung Italie sampun ngantos damêl prajanjian bêdhamèn piyambakan. Dados, kenging katêmbungakên Mussolini sampun dipun kuwaosi babar pisan kalihan Hitler.

Dene prajurit Jerman ingkang kapapanakên wontên ing Rumenie, taksih têtêp dados cangkriman, sagêd ugi badhe kangge mbêndung panguwaosipun Ruslan, lan inggih sagêd kangge nêmpuh Griekenland saking ing gêgêr mêdal Bulgarie. Ing akiring minggu wingi, Ruslan sampun katingal siyaga, nadhahi panêmpuhipun Jerman. Kitha Odessa sampun katêtêpakên "staat van beleg". Prajurit Ruslan kabarisakên wontên ing sauruting lèpèn Dnyerstr, saking Low dumugi Odessa.

Dene Bulgarie, ingkang waunipun katingal radi badhe mrêngkang, sêmunipun lajêng ajrih kalihan Jerman. Kala tg. 3 Jan. nayaka wrêdha Bulgarie dhatêng ing Weenen rêrêmbagan kalihan Von Ribbentrop tuwin pangagêng Jerman sanèsipun. Lampahipun nayaka wrêdha Bulgarie wau, umumipun sampun dipun anggêp ngalamat bilih Bulgarie sampun wiwit pêpês, badhe nunggil lêlampahan kalihan Rumenie tuwin Hongarie. Dados wontênipun samangke, ingkang taksih katingal purun makèwêdi lampahipun Jerman wontên ing Balkan kantun Yugoslavie tuwin Turkie.

Kawontênaning papêrangan ing Lybie tuwin Albanie, taksih ajêg rame. Itali dèrèng sagêd angsal pêpulih. Prajurit Inggris sampun wontên ingkang nglojok 120 km dhatêng laladan Lybie, dumugi sacêlakipun Tobruk. Pakèndêlan motor mabur sakidulipun Tobruk sampun kathah ingkang dipun suwungakên. Dene kitha Bardia taksih têtêp wontên ing tanganipun Italie, sanajan sampun kakêpung prajurit Inggris. Wartos kala dintên Sabtu nyariyosakên manawi prajurit Inggris sampun wontên ingkang wiwit nrajang kitha, sagêd mbobol bètèng-bètèng Italie.

Dene tarungipun Italie kalihan Griek wontên ing Albanie ugi taksih dêdrêg. Italie botên sagêd ngundurakên majêngipun prajurit Griek.

WANGSULAN REDACTIE

Tuwan S. ing T. Bab pamulangan H.M.S. prayogi mitêranga dhatêng pangagêngipun pamulangan wau kemawon, tamtu langkung cêtha.

Lêngganan no. 3173. Saribasa dèrèng kaêcap dados buku, dados dèrèng wontên buku ingkang nama Saribasa. Miturut pranatan agami, ingkang dipun kengingakên jakat pantun punika ingkang gadhah pamêdal sakêdhik-sakêdhikipun 2/3 ton, kathahing jakat 1/10 nipun. 1 ton wontên 1000 kg.

--- 34 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Tanah ngriki.

Industrie payung majêng. Sarêng dhawahing mangsa jawah punika, industrie payung ing Banyumas katingal majêng, ngantos dipun kintunakên dhatêng Jawi Wetan punapa. Rêginipun satunggal f 0.125.

N.I.S. nyukani gratificatie. Kala ing wulan Mèi kêpêngkêr, N.I.S. badhe nyukani gratificatie dhatêng para punggawanipun satêngah blanjan, nanging jalaran saking tuwuhing paprangan, lajêng dipun suda, namung dipun sukani saprapating blanja. Ing wulan punika dipun sukani malih saprapat blanjan, dados têtêp kados rancangan ingajêng.ing ngajêng (dan di tempat lain).

Sakuthon durjana ing Cirêbon. Wontên wartos, ing Cirêbon kasumêrêpan wontên sakuthon durjana, damêlipun nganiaya sintên kemawon ingkang pêrlu kaangkah bandhanipun. Ingkang dados pangajêngipun nama Pak Wati, sampun kapikut.

Kêpyakan adêging pakêmpalan mabur ing Ngayogya. Sampun sawatawis dintên, pakêmpalan mabur ing Ngayogya ingkang nama Vliegclub Jokjakarta sampun kakêpyakakên manggèn wontên papan nggêgana ing sêkip Pakemweg. Para agung ingkang njumênêngi pambikakipun, Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan, K.G.P.A.A. Prabu Suryodilogo, pêpatih dalêm, gupêrnur tuwin sanès-sanèsipun. Jendral Mayor Van Oyen rawuh anggêgana saking Bandung. Ing kala punika sanginggiling kitha Ngayogya wontên motor mabur nggêgana ngantos 13. Ingkang sinuhun tuwin K.G.P.A.A. Prabu Suryodilogo kaparêng nggêgana. Vliegclub wau anggadhahi motor mabur satunggal tumbasan saking Australie, kanamakakên Kuwantan.

Pangajêng P.P.P.P.A. Kala congres P.P.P.P.A. (Pêrkumpulan Pêmbêrantas Pêrdagangan Prampuan dan Anak-anak) ingkang kawontênakên ing Surakarta, nêtêpakên, bilih pangajêng agêng pakêmpalan wau manggèn ing Ngayogya. Ingkang kapilih dados pangajêng Nyonyah Sukêmi. Kajawi punika ugi nêtêpakên wakil-wakil ing Banyumas kidul, Palembang, tuwin Têgal. Kalawartinipun dipun cêpêng ing Tuwan S. Prawiraatmadja, warga gemeenteraad Têgal.

Ing dhusun Panggul inggih tuwuh malaria. Miturut papriksan, sêsakit malaria botên ngêmungakên tuwuh ing pasisiripun bawah Kêdhiri tuwin Madiun, ing dhusun Panggul inggih wontên. Ing dhusun wau têtiyang ingkang sakit wontên 750. Pinanggihing papriksan, ilèn-ilèn toya ingrikuing ngriku (dan di tempat lain). kathah ingkang risak jalaran kêtrajang ing bêna. Dienst kasarasan ambage kenine wontên ing dhusun Tanjungan saha kiwa têngênipun, tiyang ingkang dipun sukani wontên 4000 jiwa. Wiji malaria wau saking lêmut nama ludlowi, gêsang wontên ing toya tawa.

Gladhèn L.B.D. ing Provincie Jawi Wetan. Kawartosakên, wiwit benjing tanggal 21 Januari punika jam 6 enjing dumugi tanggal 24 Januari jam 10 enjing, ing salaladan Provincie Jawi Wetan kawontênakên gladhèn L.B.D. Sadaya tiyang sami kapurih ngèstokakên dhawuh.

President Hooggerechtshof enggal. Kasêbut kêkancingan Parentah, Mr. Dr. M.A.G. Harthooren kawisudha dados President Hooggerechtshof. Ing sadèrèngipun, panjênênganipun wau sampun makili padamêlan wau.

Têtêping tanggal 1 Dzulhijah (Bêsar). Hoofdbestuur P.P.D.P ing Surakarta suka sumêrêp dhatêng rayat Islam ing saindêngipun tanah Jawi tuwin Madura, bilih miturut palapuran ru'yat saking Bogor, tuwin dipun têtêpakên dening Raad Agama ingriku, tanggal 1 Dzulhijah 1359 katingal wontên ing dintên Sênèn tanggal 29/30 December 1940 kanthi saksi: 1. Radèn Haji Hasbulloh, Hoofd panghulu ing Bogor. 2. R.H. Hasan, naib Citeureup dhistrik Cibinong. 3. R.E. Muhamad Noch, Commies Redacteur Alg. Secretarie. 4. Astu, ingkang punika, dintên agêng Qurban (Garêbêg Bêsar), dhawah wontên ing dintên Rêbo tanggal 8 Januari 1941.

Stadswacht Malang. Miturut wartos, pangajênging wadya amarêngakên golongan Stadswacht ing Malang dipun wontêni tumpakan motor ingkang sapalih. Ing salajêngipun badhe nglêmpakakên arta kathahipun f 80.000.

Mêrcon taun baru ing Sêmarang sakalangkung rame. Kala dhawahing dintên taun baru, têtiyang ingkang ngungêlakên mêrcon ing Sêmarang sakalangkung rame jalaran palilahipun ngungêlakên namung ing dalu malêming taun baru wau.

Têtingalan Geeft Acht ing Malang. Têtingalan Geeft Acht ing soos Concordia ing Malang sampun rampung. Angsal-angsalanipun f 200,-. Gambar-gambar ingkang kadhasarakên ingriku botên wontên ingkang pajêng, ewadene angsal-angsalan wau sampun kapetang kathah. Ing sabibaring damêl, directie pabrik sigarèt Faroka maargya dhatêng para militèr ingkang mêntas tumindak ing damêl Geeft Acht wontên ing restaurant Hoenkweehuis.

Ngêncêngi pranatan L.B.D. Ingkang wajib ing Malang andhawuhakên, benjing wontêning gladhèn L.B.D. ing Malang ing wulan punika, sintên ingkang nêrak Luchtbescher mingsordonnantie taun 1939, inggih punika mêksa nyumêd dilah ing kalanipun wontên tandha bilih wontên bêbaya, lajêng badhe dipun sêrêg ing prakawis, botên mawi dipun èngêtakên kados ingkang sampun.

Bêna ing laladan Salatiga. Jalaran saking dêrêsing jawah, adamêl bênanipun lèpèn Tuntang, ingriku Aniem lajêng ambikak pintu aèr. Ing kala punika wontên tiyang pintên-pintên atus nuju pados kêrang wontên ing lèpèn lajêng kablêbêg ing toya bêna, wontên tiyang pitu ingkang tiwas.

Merk dagang Waladi.Walandi. Kawartosakên, Dep. Van. E.Z. amaringi palilah angangge merk dagang Walandi ingkang absah tumrap: speda "Gazelle", plaat gramopoon "Odeon" tandpasta "Pebeco", roomboter "het Friesche Meisje", pleister "Leukoplast" tuwin "Hansaplast", luchtdrukpapier "Ozalid" tuwin kêrtos main Tionghoa damêlan Bèlgie. Barang-barang wau sami kadamêl wontên ingriki, nanging pandamêlipun kêdah sami kados ingkang sampun.

Pasarean kina ingkang dados pasadranan. Ing dhusun Bagong, saêlèr Trênggalèk, wontên pasarean, tiyang kathah mastani pasareanipun Menak Sopal. Sabên ing dintên malang kathah tiyang ingkang dhatêng ngriku, sami tirakat.

Prajanjian Javasche Bank kalihan Yokohama Specie Bank. Wontên wartos, Javasche Bank adamêl prajanjian kalihan Yokohama Specie Bank, murih anggampilakên tumindaking pambayaran wontên ing tanah ngriki tuwin Jêpang, adhêdhasar petang yèn ingkang katampèn ing Javasche Bank, tuwin rupiyah wontên ing Yokohama Specie Bank. Wosipun bank kêkalih wau, supados sagêd tumindak ing damêl sêsarêngan.

K.P.M. ambiyantu arta. Nyarêngi kalihan anggènipun milujêngi adêgipun sampun 50 taun. K.P.M. suka pambiyantu arta dhatêng bêbadan amal kados ta griya sakit, griya piatu, griya miskin gunggung f 60.000,-. Tumrap bêbadan amal pribumi angsal f 10.000,-, makatên ugi tumrap bêbadan Tionghoa tuwin sanès-sanèsipun.

Ama ulêr anggêgirisi. Kawartosakên, ing dhusun Pakong, dhistrik Waru, Pamêkasan, wontên ama ulêr nêmpuh tanêman jagung ngantos têlas babarpisan. Ing salajêngipun ulêr wau sami malêbêt ing griya-griya.

Kintunan isi barang awisan. Wontên bangsa Walandi kintun barang lumantar bestelgoed wontên ing station Sêmut, Surabaya, dhatêng mitranipun ingkang gêgriya ing Lawang. Ingriku wontên patrun kalih mrojol saking bungkusan. Bab punika lajêng dados papriksan pulisi, saha katranganipun pancèn ini patrun. Bestelgoed wau lajêng dipun bêskup.

Pondhok Muhammadiyah. Benjing congres Muhammadiyah punika badhe wontên usulipun R. Mulyadi Joyomartono, consul Muhammadiyah ing Surakarta, supados kawontênakên pondhok Muhammadiyah, pêrlu kangge nyinau para calon pangulu tuwin pangkat-pangkat sanèsipun, murih sagêd nocogi kalihan kawontênaning jaman. Ingkang tampi wulangan wau tamatan saking Mulo, dene dhêdhasaring wulangan ingriku basa Mlayu tuwin Arab.

--- 35 ---

Punggawa praja saking pamulangan luhur. Wontên usul saking tuwan-tuwan Sutardjo, Mochtar, tuwin Soangkupon, supados ing Departement-departement tuwin kantor-kantor nagari dipun kathahi anggèning ngangge amtênar pribumi wêdalan saking pamulangan luhur utawi ingkang saking pangajaran inggil, supados dados tuntunan, kados pangajêng-ajênging bêbrayan ingkang sampun majêng punika.

Panggaotan misayan ulam sagantên ing Cilacap. Ing Cilacap punika angadani papan pamisayan ulam sêgantên ing pasisir kidul. Pamisayanipun kajawi dhatêng sêgantên agêng, ugi ing uruting sêgara anakan, malah tumraping têtiyang ing sêgara anakan, misaya ulam wau dados baku panggêsangan. Ing sapunika pamêdal ulam ingriku sagêd kakintunakên dhatêng Ngayogya, Tasikmalaya, Bandung, Purwokêrto, taksih anyaran, tuwin awarni ulam asin tuwin pindhang dhatêng Garut, Tasikmalaya, Bandung, tuwin Bumiayu, kajawi ingkang dipun sade wontên Cilacap piyambak. Rêginipun ulam wau inggih murwat. Namung eman dene panggaotan punika dèrèng anggadhahi pakêmpalan, murih sagêd ndamêl kamayaran sawarnining pêrlu tuwin waragad.

Ministêr Yoshizawa sampun dumugi ing Bêtawi. Min. Yoshizawa sampun dumugi ing Bêtawi, pakurmatanipun botên beda kados kala rawuhipun Min. Kobayashi kala samantên. Miturut pangandikanipun Min. Yoshizawa dhatêng wêwakil pers. Panjênênganipun punika nggêntosi Min. Kobayashi, lajêng badhe ngrêmbag prakawis kalihan delegatie Nederland ingkang dèrèng rampung pangrêmbagipun.

Ing taun 1940 Pasundhan botên ngawontênakên congres. Hoofdbestuur Pasundhan nêtêpakên, jalaran saking kawontênan, ing salêbêtipun taun 1941 punika botên ngawontênakên congres. Pancènipun congres wau badhe dipun wontênakên ing Ciamis, dhawah ing dintên Paschen. Nanging ing dintên Paaschen wau inggih badhe dipun pigunakakên kangge rêpat taunan, manggèn ing Bandung.

Paargyan pambikaking dilah lestrik A.N.I.E.M. ing Pêmalang. A.N.I.E.M. sampun kalampahan mbikak lestrik wontên ing Pêmalang. Ing salaminipun, kitha ngriku dèrèng nate wontên dilah lestrik. Ing kala pambikakipun wau kawontênakên têtingalan gambar-idhup wontên ing alun-alun tuwin ngrêrêngga wit waringin ingkang dipun kêbaki dilah. Tiyang ingkang ningali kirang langkung wontên 12.000.

PAWARTOS SAJAWINING PRAJA.

Sabtu 4 December.

Baita pêrang Prancis kèrêm (Reuter, Vichy). Pangagêng wadya lautan Prancis nggiyarakên wartos yèn baita silêm Prancis "Stax" kalihan baita pitulungan "Rhone", nalika lêlayaran saking Cassablanca dhatêng Dakar sasampunipun njêblug lajêng kèrêm.

Bêbau baita Prancis miruda lajêng tumut De Gaulle (Reuter, Shanghai). Baita tumpakan "d'Artagnan" ingkang nuju labuh wontên ing Shanghai botên sagêd bidhal jalaran bêbaunipun 26 cacahipun sami miruda dhatêng Hongkong badhe tumut mbelani De Gaulle.

Amerika nyantosakakên wadyanipun lautan (U.P. Washington). Amerika samangke botên kêkirangan opsir laut. Miturut kêtêrangan opisiyil wadya lautan Amerika samangke nganggèkakên opsir tuwin opsir andungan 15.000. Ing salêbêtipun taun 1941 badhe dipun wêwahi malih 5000. Pamulangan luhur opsir laut waunipun dangunipun 4 taun, samangke dipun suda kadadosakên 31/2 taun.

R.A.F. ngobrak-abrik Bremen tuwin Emden (Reuter, Londen). Kala dintên Kêmis R.A.F. nêmpuh Bremen tuwin Emden, têrang yèn adamêl karisakan agêng. Miturut biwara opisiyil ing Londen, ubaling latu sakalangkung agêng, nalika dipun ambali katêmpuh malih taksih dèrèng sirêp, lajêng kawêwahan kabêsmèn malih dening bomipun R.A.F. Kêjawi ing Bremen, papan-papan militèr ing Amsterdam inggih katêmpuh wadya R.A.F. Montor mabur Inggris ical satunggal.

Cardiff dipun têmpuh Jerman (Reuter, Londen). Angrintênakên tanggal tiga, wadya nggêgana Jerman ingkang nêmpuh Inggris bakunipun ngrisak South Wales, ingkang dipun tênggêl kitha Cardiff. Kintên kathah gêdhong risak lan ugi kathah tiyang ingkang tiwas.

Pangagêng Amerika ing Peping mrotès Jêpang (Reuter, Peiping). Kolonèl A.S. Turuage komêndhan wadya lautan Amerika ing Peiping nampèkakên protès dhatêng pangagêng Jêpang, nêdha supados Jêpang purun nêdha pangapuntên, jalaran pulisi-pulisi Jêpang kumawantun nahan prajurit lautan Amerika.

Ngahad 5, Sênèn 6 Januari.

Jerman mapanakên prajurit wontên Nederland (A.N.P. Londen). Korèspondhènipun Daily Telegraph ing Lissabon martosakên yèn Jerman mapanakên prajuritipun wontên ing Nederland kintên-kintên 11/2 yuta (miturut pawartos ingkang kantun, petangan samantên punika kirang trêp). Ugi kawontênakên anggêr, kapal-kapal ing nagari Walandi kenging dipun rajadarbe militèr. Salajêngipun dipun awisi botên kenging nyêmbêlèh kapal. Umumipun para prajurit sampun sami botên gadhah krêkat pêrang sarta sami kapengin mantuk.

Turki suka pêpèngêt (Reuter, Londen). Radio Ankara nyariyosakên yèn s.k. Turki suka pêpèngêt dhatêng Jerman, manawi Jerman mitulungi Italie wontên ing Albanie, punika sagêd njalari ubaling papêrangan ing Balkan. Ugi wontên kabar saking Ankara, bilih têtiyang ingkang umuripun langkung 21 taun ingkang sapunikanipun sampun dados prajurit, punika kaulur sataun malih. Wontênipun pranatan makatên wau, kawartos awit saking panêdhanipun wadyabala Turki ingkang gadhah pamanggih bilih ing wêkdal punika Turki prêlu ngathahi wadyabalanipun prêlu kangge nanggulangi nagari.

Filoff badhe kêpanggih Hitler? (Reuter, Londen). Wontên wartos bilih nayaka wrêdha Bulgarie, Filoff, ingkang sampun dumugi ing Weenen, badhe lajêng dhatêng Munchen tuwin Salzburg rêrêmbagan kalihan Von Ribbentrop tuwin Hitler.

Prajurit Griek sampun mèh dumugi Elbasan (U.P. Struga). Miturut wartos saking ing tapêl watês, prajurit mriyêman Griek kalihan Italie campuh wontên ing papan watawis kirang 11 km saking ing Elbasan. Ugi wontên wartos yèn prajurit mêsin Jerman ingkang badhe kangge mitulungi Italie sampun dumugi ing Elbasan. Papêrangan ing lèpèn Tomorica, prajurit Griek sagêd majêng, dumugi sawetanipun kitha Berat antawis 18 km.

Baita Italie kèrêm (Reuter, Athene). Wontên ing sagantên Adriatie, baita tanker Italie kakèrêmakên dhatêng baita pêrang Griek.

Rakyat Rumenie botên sênêng dhatêng Jerman (Reuter, Londen). Ing Rumenie kawartosakên kathah tiyang nyêbar sêrat ibêran mawi nyêbutakên bilih Jerman ambêk rodaparipêksa dhatêng Rumenie. Têtiyang Rumenie sami kaèngêtakên sampun ngantos mêmitran kalihan tiyang Jerman. Ugi kawartosakên yèn tiyang Jerman wontên ing Rumenie manggih pakèwêd warni-warni, jalaran rakyat Rumenie botên purun tumandang sêsarêngan kalihan prajurit Jerman. Anggènipun Rumenie kecalan Besaarabie tuwin Bukawina punika margi saking pandamêlipun Jerman. Lan katêrangakên ugi yèn ingkang njalari wontêning kasangsaran ing Eropah punika awit saking trekahipun Jerman kalihan Italie.

Panêmpuhipun Inggris dhatêng Bardia (Reuter, Cairo). Jendral Wavell saya kêncêng anggènipun nêkêk Bardia. Wiwit tg. 4 Januari, sampun wontên prajurit Italie 15.000 kenging katawan. Kacariyosakên yèn kala tg. 4 Jan. barisan Italie ingkang pacakbaris wontên ing salèripun Bardia, sami nungkul. Gunggunging tawanan samangke wontên 43.000. Lajêng kawartosakên malih, bilih kala tg. 5 Jan. prajurit Prancis mardika sampun sagêd mêdhot margi sêsambêtanipun Bardia kalihan Tobruk.

Wêwakil Amerika ing Jêpang badhe wangsul (Reuter, Tokyo). Miturut wartosipun Nichi-Nichi Shimbun sagêd ugi sakêdhap êngkas wêwêkilwêwakil. Amerika ing Jêpang, Joseph Grew, wangsul dhatêng Washington, nyukakakên palapuran bab kawontênanipun pulitik ing bawana wetanan dhatêng pamarentahipun.

--- 36 ---

WAOSAN

SINBAD

16)

Sasampuning katupiksa ijêmanipun, sang nata andangu dhumatêng kula sayêktose mênggah ing kaluhuran sarta kasugihanipun ratu ing Sêrindhit, kados ingkang kapratelakakên ing sêratipun. Kula sujud anyungkêmi siti malih, sarêng sampun lênggah lajêng matur: "Gusti, saèstu Prabu ing Sêrindhit botên angindhaki kasugihanipun, abdi dalêm aningali piyambak, pangraos kula botên wontên, ingkang sagêd adamêl eram, angungkuli rêrêngganing kadhatonipun. Bilih sang nata badhe miyos amêng-amêng, apinarak ing dhampar wontên sanginggiling gajah, abdi-abdi, punapadene kêkasih, sami anjajari kiwa têngênipun, abdi satunggil wontên ngarsanipun sang prabu, sangandhaping dhampar, angampil towok mas, sawingkinging dhampar wontên abdi satunggal ngadêg, angampil bindi mas atunggul jumêrut, panjanging jumêrut satêngah kaki, kandêlipun sadim. Ingkang anjalari ngajêng prajurit sèwu, sami anumpak gajah, murub panganggenipun.

Ing sadangunipun sang nata tindak, abdi ingkang wontên sangajênging dhampar awicantên sora, sarta dipun ambal-ambali, antawis kèndêl sakêdhap, têmbungipun: "Hèh padha dêlêngên, yaiki ratu gêdhe kang amasesa, sultane nagara Indhu, aprawira sarta kinèringan, kang kadhatone rinêngga ing mirah sakêthi, kang kagungan makutha rong lêksa, padha rinêngga ing intên. Lah padha dêlêngên, iya iki ratu gêdhe rinêngga ing makutha, angungkuli Kangjêng Nabi Suleman, lan Prabu Mitragês, kang wus misuwur ratu gêdhe."

Yèn abdi wau sampun nyuwara makatên, anuntun abdi ingkang ngadêg sawingkinging dhampar anyauri: "Ratu gêdhe mangkene têka ora luput ing pati, ora luput ing pati, ora luput ing pati." Anuntên abdi ingkang wontên ngajêng, awicantên malih sora: "Kaluhuran kaduwe marang kang urip ora mati."

Aliya saking punika Prabu ing Sêrindhit anglangkungi adilipun, sakathahing abdi kakim salêbêting kitha utawi sajawinipun, ingkang kalêbêt talahing Sêrindhit, sami kêkah ingadil, botên wontên ingkang mingsêd saking wajibipun. Prabu Arun Alrasyid rêmên sangêt amidhangêtakên cariyos kula, pangandikanipun: "Mungguh kawicaksanane Ratu ing Sêrindhit, têtela saka ing unine layange, kawuwuhan dening kandhanira, nyata pantês ratu kang wicaksana mêngkono iku amêngku abdi, pantês rinatu-ratu." Sarêng Prabu Arun Alrasyid sampun ngandika makatên, kula kadhawahan mantuk, sarta kaparingan ganjaran kathah.

Sarêng Sinbad sampun têlas nggènipun cariyos, para tamunipun kalihan bêrah sami pamitan mantuk, nanging bêrah mawi kasukanan uwang mas satus, enjingipun sami wangsul malih, Sinbad nyariyosakên lêlampahan ingkang kaping pitu utawi ingkang wêkasan pisan, kados ingandhap punika.

Cariyosipun Sinbad, ing nalika lêlampah ngambah sêgantên kaping pitu, utawi ingkang wêkasan pisan.

Saantuk kula kêkesahan kaping nêm, kula sampun botên gadhah niyat, yèn alêlampah malih-malih, awit sampun sêpuh, kêdah angasokakên badan. Kalih dening malih kula sampun aprasapa, badhe botên amurugi bilai, kados ingkang sampun kalampahan, mila kula sampun botên gadhah pamanah sanèsipun, kajawi namung sumêdya kèndêl kemawon. Anuju satunggil dintên, kula angaturi sami nêdha sadherekan kula kathah, anuntun rencang matur dhatêng kula, yèn wontên abdinipun Sang Nata Arun Alrasyid, anakèkakên kula, lajêng kula ngadêg saking panggenan, amanggihi abdi wau, wicantênipun utusan: "Kula angêmban timbalan dalêm, sampeyan ngadikan, badhe wontên karsanipun dhawah punapa-punapa." Kula lajêng tut wingking lampahipun utusan dhatêng kadhaton, anuntên kasowanakên ingarsa dalêm, kula sujud anyungkêmi dalamakan. Sang nata ngandika: "Ingsun mundhut gawenira, kang amêsthi sira lakoni, aturna layang wangsulan ingsun, sarta pisungsun ingsun, marang Ratu ing Sêrindhit, karana ing panggalih ingsun, pantês yèn sira kang anggawa, mungguh wangsulan pakurmat ingsun." Pangandikanipun sang nata punika upaminipun kados gêlap, dhumawahipun dhatêng kula, atur kula: "Gusti, sandika anglampahi, punapa ingkang dados dhawah dalêm, ananging panyuwun kawula, mugi wontêna karsa dalêm anggalih, yèn sangêt sayahipun abdi dalêm, amargi saking manggih sangsaya, kalanipun kawula kêkesahan rumiyin. kalih dening malih, kawula sampun prasapa, badhe botên kesah-kesah malih saking nagari Bagdad." Kula lajêng ngaturakên sakathahing lêlampahan, ingkang rumiyin-rumiyin, sang nata sabar amirêngakên.

Satêlasing cariyos, sang prabu ngandika: "Nyata bangêt anèh caritanira iku, ananging ingatase karsaningsun, aja sira pikir sangsara kang wus sira têmu, sira lakonana parentah ingsun iki, sira lumakua mênyang pulo Sêrindhit, anglêksanani dhawuh ingsun, yèn sira wus anglakoni, ingsun lilani ambanjur mulih, ora kêna ora sira lumakua, sabab pamikir ana ing sira, bakal angêsorake kaluhuran ingsun, yèn ingsun ngantia kapotangan marang Ratu ing Sêrindhit." Sarèhning paningal kula kêkah karsa dalêm, kula matur sandika, anglampahi sadhawah. Sang nata bingah sangêt, andhawahakên parentah, amaringi uwang mas sèwu dhatêng kula, sumêrêp wragadipun ing lampah kula.

(Wontên lajêngipun)

--- 0 ---

[Iklan]

--- 0 ---

[Iklan]

--- 0 ---

Kajawèn

No. 16, 25 Februari 1941

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm

--- 0 ---

[Iklan]

--- 205 ---

Angka 16, Sl P,Sêlasa Paing. 28 Sura Be 1872, 25 Februari 1941, Taun XVI.

Kajawèn

Mêdalipun sabên Slasa lan Jumuwah

Rêginipun 3 wulan f 1.50 nyuwun kabayar rumiyin. Botên kenging lêngganan kirang saking tigang wulan.

Redactie tuwin administratie Balepustaka, Batavia-Centrum, tilpun nomêr 2931, Batavia-C.

ISINIPUN: Babad Minggon - Agêmanipun Priyantun Bêstir Jawi - Pêngulu Kraton Ngayogyakarta Seda - Dhatêng Kawah Ijèn - Kèkêr Masarakat - Basa Jawi kalihan Pèrês - Padagangan Payung - Jagading Wanita - Wayang Wahana - Kabar Warni-warni - Waosan.

Babad Minggon

17-23 Februari

Kawontênan papêrangan.

Minggu wingi kathah pawartos sae tumrap ingkang sami nggolong dhatêng Inggris. Wadyabala Inggris dharat, lautan, ngawang-awang saya katingal atrajang mangsah (offensief) wontên ing glanggang pêrang pundi kemawon. Wontên ing sagantên têngah dêdamêl lautan Inggris sasampunipun nêmpuh Genua tuwin Pisa, lajêng ngangsahakên prajurit payungan kadhawahakên wontên ing Italie sisih kidul, ngrisak lesan-lesan militèr. Trajangipun Inggris punika prasasat suka sasmita dhatêng Italie, yèn nagarinipun dèrèng abètèng waja kados cariyosipun Mussolini. Dêdamêl ngawang-awang Inggris, kêjawi tanpa kêndhat nêmpuh indhustri tuwin palabuhan-palabuhan ingkang badhe kangge pancadan Jerman, ugi ngatingalakên kalangkunganipun, dene wani sarta sagêd nasak Jerman ngantos dumugi Krakaw (Polen) 2500 mil saking pakèndêlanipun.

Jerman sampun wiwit mangrêtos saèstu yèn Inggris saya dangu badhe saya mbêbayani. Kala minggu wingi Gobbels sêsorah wontên ing Sportpalast ing Berlin, wicantênipun: "Aku ora arêp ngikibi lêlakon kang nyata, pancèn isih ana mungsuh siji sing bisa ngundurake Jerman." Makatên ugi wartos-wartos ingkang nyariyosakên yèn ing kitha-kitha tuwin ing padhusunan Jerman sisih kilèn samangke sami dipun kêncêngi panjaginipun, têtiyangipun sami dipun purih siyaga bêbaya ing ngawang-awang, punika ugi kenging kangge titikan bilih Jerman pancèn sampun kraos yèn nagari botên badhe kalis ing panêmpuhipun dêdamêl ngawang-awang Inggris. Malah kalangan kamiliteran Jerman ugi sampun wontên ingkang mêca yèn salêbêtipun kalih tigang wulan punika Inggris sagêd ugi badhe ngangsahakên dêdamêlipun ngawang-awang agêng-agêngan.

[Grafik]

President Roosevelt

Wontên ing Afrika lampahing dêdamêl Inggris ugi ngungkuli panduginipun sakawit. Kitha Kismayu, palabuhan ing Sumali Italie ingkang kalêbêt wigatos, sampun bêdhah. Wontên ing Ethiopie prajurit Inggris sampun sagêd mbêdhah Enyabara, Picolo Abbai, Dangheli, tuwin Mega. Wontênipun samangke mèh sapropinsi Goyyam sampun dipun kuwaosi Inggris kalihan prajuritipun Negus. Wontên ing Erythrea prajurit Inggris taksih dêdrêg wontên ing sakiwatêngênipun Keren.

Sampun sami kawuningan, yèn ing Lybie wontên ebah-ebahan adhêdhasar Islam, katêlah nama golongan Sanusi (Senussi). Golongan wau sampun kalih dasa taun anggènipun nêdya ngipatakên panguwaosipun Italie. Samangke panganutipun taksih wontên sayuta, sumêbar wontên ing Tripolitanie, Mêsir, Hejas, tuwin Sudan. Golongan punika misuwur kawantêranipun sarta agêng dayanipun dhatêng jagat Islam. Minggu wingi panuntunipun, inggih punika El Sayeddris El Senussi nêrangakên antêpipun, inggih punika mbiyantu sangêt dhatêng sêdyanipun Inggris. Makatên punika tumrapipun Inggris nama angsal pambiyantu agêng ing bab kabatosan.

Sakiwatêngênipun Pasific.

Wontên malih pawartos ingkang kalêbêt sae. Wilkie kalihan Hopkins ingkang kapatah matitisakên antêp lan kawontênanipun Inggris, sampun wangsul dhatêng Amerika. Nitik pawartos salêbêtipun minggu wingi, swasana pulitik Amerika, awit saking katêranganipun WillkieWilkie. tuwin Hopkins lajêng saya cumêtha anggènipun pitados dhatêng Inggris. Makatên ugi anggènipun nêdya mitulungi dhatêng Inggris, ugi lajêng botên mawi sanggarunggi. Golongan-golongan ingkang ajrih pêrang utawi ingkang kêsangêtên anggènipun ngunggul-unggulakên Jerman, kados upaminipun Lindberg, lajêng botên pajêng

--- 206 ---

swaranipun. Kêncênging sêdynipunsêdyanipun. Amerika wau, sagêd kasumêrêpan saking rêrigên-rêrigênipun Amerika tuwin katêranganipun para pangêmbat praja, langkung-langkung Cordell Hull kalihan Admiraal Stark.

[Grafik]

Singapura, bêbètèngipun Inggris ingkang sêntosa.

Salêbêtipun Pacific pêtêng margi kasaput ing wêwayanganipun "tatanan enggal" damêlan Jêpang, kalangan pamarentah Jêpang kêrêp cluluk anêrangakên saening sêdyanipun. Wosing katêrangan, sêdyanipun Jêpang namung niyat badhe ngrêksa kawilujênganipun Asia, badhe untung lan nguntungakên, badhe ngêkahakên katêntrêmanipun bangsa Asia sadaya lsp. Sakathahing katêranganipun Jêpang wau dipun wangsuli cêkak aos kalihan Cordell Hull: "Jaman samangke kathah lêlampahan ingkang ngêgèt. Mila Amerika sampun botên mbêtahakên katêrangan-katêrangan, ingkang dipun bêtahakên namung tandang." Mila sanajan Jêpang nglairakên katêrangan warni-warni, ingkang suraosipun kados badhe nyuda pêtênging swasana Pacific, Amerika têrus siyaga ing damêl. Kala minggu wingi Roosevelt sampun nandhatangani pranatan "Keep out", pikajênganipun, ngawisi baita tuwin motor mabur ngamanca ngambah ing laladan panjagèn militèr Amerika ing Atlantic, Caraibi tuwin Pacific (Hawai, Guam, Samoa, lsp). Nalika Admiraal Stark ngajêngakên rantaman wragad wadya lautan tuwin wragad ngêkahakên papan-papan pakèndêlan baita pêrang ing Atlantic tuwin Pacific, tanpa tèdhèng aling-aling nêrangakên, yèn bab anggènipun nyantosani Guam, Samoa tuwin Filipina punika Amerika kêdah botên mrêduli dhatêng protèsipun Jêpang.

Nitik katêrangan makatên punika sampun têrang yèn politikipun Amerika ingkang tumuju dhatêng Asia tuwin Jêpang, taksih têtêp kados ingkang sampun katêmtokakên.

Wontên malih katêranganipun Jêpang ingkang ngêmu kajêng badhe nêntrêmakên jagat. Kala tg. 18 Ishii i.p. juru suka katêrangan Jêpang anêrangakên yèn Jêpang sagah dados margining bêdhamèn samangsa dipun rêsaya tuwin sae kalamangsanipun. Wontên ing bausastra diplomatik, katêranganipun Ishii wau mêngku kajêng suka sasmita bilih Jêpang sagah mbêdhamèkakên ingkaningkang. sawêg sami pêrang, inggih punika Inggris kalihan Jerman-Italie. Gêgayutan kalihan punika s.k. Japan Times ingkang umumipun sami dipun anggêp dados loudspeaker-ipun Gaimusho, mêwahi kêtêrangan bilih samangke saking peranganing nagari Inden (Jêpang) sampun wontên ungup-ungup ngajak kêdhamèn, Inggris kalihan Amerika kêdah purun nanggapi.

Clulukipun Jêpang wau punapa margi dipun jawil Jerman-Italie, gêgayutan kalihan morat-maritipun Italie, punapa mêdal saking kajêngipun piyambak, punika botên kasumêrêpan têrang.

Rêmbagipun Jêpang wau, tumuntên ngumandhang wontên kalangan pamarentah London, ungêlipun "Inggris botên badhe mèlu usul-usul bêdhamèn sadèrèngipun sagêd unggul saèstu juritipun." Dados antêpipun Inggris taksih têtêp kados nalika mangsuli pitakènipun Wilkie kalihan Hopkins.

Kadosdene Amerika, wontên ing laladan Pacific Inggris inggih botên kèndêl-kèndêl anggènipun siyaga ing pakèwêd. Dêdamêlipun ingkang kapapanakên wontên ing F.M.S. (Malakka) dipun sêntosani, kawêwahan bêbantu saking Australie tuwin Hindu. Ugi sampun wontên wartos yèn dêdamêl Inggris kathah ingkang kapapanakên wontên ing tapêl watês Thai. Margi saking punika, lajêng wontên ingkang gadhah pangintên bilih Inggris badhe nggêbag Thai. Namung pawartos wau kadorakakên kalihan wêwakil Inggris ing Thai tuwin pamarentah Thai. Katêrangakên, yèn pamitranipun Inggris kalihan Thai taksih têtêp sae, nuhoni ungêling prajanjian botên têmpuh-tinêmpuh.

Manawi nitik andharanipun s.k. Singgapore Free Press sawatawis minggu kapêngkêr, anggènipun Inggris ngiyatakên panjagènipun wontên ing tapêl watês Burma-Thai, F.M.S. Thai, punika bakunipun gêgayutan kalihan trajangipun Jêpang anggènipun niyat badhe nguwaosi Indochina tuwin Thai. Manawi Jêpang sagêd nguwaosi nagari kêkalih wau, Burma tuwin Singapore sagêd kagêbag saking ing gêgêr. Margi saking punika watês Thai kalihan Burma tuwin Malaya, lajêng dipun sêntosani.

Nitik pawartos-pawartos salêbêtipun minggu wingi, trajangipun Jêpang wontên ing Indochina tuwin Thai pancèn katingal niyat badhe nancêbakên panguwaos. Kala tg 19 kawartos sampun wontên baita pêrang 15 glibat-glibêt wontên ing sakidulipun Saigon lumêbêt dhatêng têluk Siam. Malah ugi sampun wontên torpedhoboocager 3 ingkang mampir wontên ing Meknam bawah Siam. Glibat-glibêtipun baita pêrang wau sinarêngan kalihan pisrêngên (alantaran Domei) dhatêng Indochina, nyariyosakên manawi Indochina niyat badhe makèwêdi kajêngipun Jêpang. Punika dipun wêwahi malih katêranganipun Kunio Akiyama.

Kasambêt kaca 218.

--- 207 ---

Agêmanipun Priyantun Bêstir Jawi

(Sambêtipun K. No. 15)

VII. Kangge kêpala ondêr dhistrik (asistèn wêdana):

Kados kêpala dhistrik, namung tanpa bludiran sêkar pantun ing ngajêng lan ing wingkisan lêngên, sarta bludiran ing gulon namung 2/3 nipun.

VIII. Kangge mantri pulisi lan aib (amtênar Bij den inheemschen bestuursdienst):

Kados kêpala ondêr dhistrik, nanging tanpa plisir ing ngajêng lan tanpa bludiran sêkar pantun ing gulon.

Wiyaripun pasmèn ing clana punika kangge bupati titêl pangeran 5 cm, kangge sanès-sanèsipun bupati 4 cm, kangge patih lan kêpala dhistrik 3 cm, kangge kêpala ondêr dhistrik 2 cm, kangge mantri pulisi lan aib 1 cm.

Pasmèn ingkang wontên ing pèt punika wiyaripun sami kalihan pasmèn ingkang wontên ing clana, dados kangge pangeran 5 cm, bupati sanèsipun 4 cm, patih lan wadana 3 cm, asistèn wêdana 2 cm, mantri pulisi lan aib 1 cm; rêrênggan lètêr w mawi krun punika dipun plêngkungi bludiran, yèn bupati ngantos sanginggilipun krun, yèn kangge patih lan wêdana namung dumugi têngah-têngahipun lètêr.

Kajawi punika manawi pangkat bupati pinggiraning tedhenganipun pèt mawi dipun plisir pasmèn mas.

Kostim kasêbut nginggil punika panganggenipun mawi dhêstar lan sinjang katêkuk ing sanginggilipun dhêngkul sisih kiwa; anggaripun kêdah lakên biru, salajêngipun mawi kemejan pêthak, kaos cêmêng lan sêpatu pêrlak utawi sêpatu ingkang cêmêng mêlêng-mêlêng.

b. Kostim pêthak

Warni satunggal-satunggalipun agêman:

[Grafik]

Pangagêman bupati pêthak tutup.

a. Jas pêthak mawi sak (kanthong) sapêrlunipun tanpa èmbèl-èmbèl, tutupanipun ing ngajêng mawi kancing 6, modhèlipun kados kancing ingkang kangge ing kostim agêng.

Kajawi punika lêngênipun karêngga pita pêthak kados ing ngandhap punika:

I. Kangge mantri pulisi, aib, kêpala ondêr dhistrik lan kêpala mantri 2, kangge patih lan bupati 3, wiyaripun 1/2 cm, sami jejeran rapêt, ing nginggil mlungkêr kaping 2. Plungkêran punika têbihipun saking pinggiran lêngên ingkang ngandhap botên kenging kirang saking 7 cm. Dene panjangipun sadaya rêrênggan botên kenging langkung saking 16 cm.

II. Salajêngipun karêngga malih:

1. Manawi pangkat mantri pulisi lan aib mawi pita 1, wiyaripun 1/2 cm, kapasang ing sangandhapipun rêrênggan lêngên kasêbut nginggil, 1 cm têbihipun.

2. Manawi pangkat asistèn wêdana, mawi pita 2, wiyaripun 1/2 cm, pamasangipun satunggal-satunggalipun mawi lêt 1 cm.

3. Manawi pangkat wêdana kados rêrêngganipun asistèn wêdana, kawêwahan kancing alit sêpuhan mas ing têngah-têngahipun plungkêran ngandhap.

4. Manawi pangkat patih kados rêrêngganipun asistèn wêdana, kancing alit sêpuhan mas kathahipun 2, kapasang ing kiwa têngên plungkêran ingkang ngandhap kapara ngandhap.

5. Kangge bupati kados patih, kawêwahan kancing agêng sêpuhan mas, ing têngah-têngahipun plungkêran ngandhap. Kajawi punika kawêwahan malih rêrênggan ing gulon kawarni bludiran carang wit waringin ing lakên cêmêng. Bludiran punika pamasangipun ing sakiwa têngênipun bikakan gulon.

Jas kasêbut nginggil punika kenging kasantunan jas bikakan, dhasinipun cêmêng. Kangge bupati, jas bikakan punika wontên rêrêngganipun kados rêrênggan ing gulon, nanging wangunipun sanès.

[Grafik]

Pangagêman bupati pêthak bikak.

b. Clana limrah utawi clana tumpakan kapal, ingkang banipun sami kalihan jasipun.

c. I. Pèt pêthak ngangge tèbèng cucal cêmêng, mawi ban sutra cêmêng 3 cm, wiyaripun tangsul angin lan lètèr w mawi krun kados pèt kostim agêng.

II. Topi hèlmut pêthak, ngajêng lan wingking sami wiyaripun, mawi lètêr w ing ngajêng, kangge bupati mawi senur jêne ing ngandhaping bathokanipun.

Kostim punika panganggenipun mawi kêmejan pêthak lan sêpatu sapikajêngipun, nanging

--- 208 ---

saenipun sêpatu cêmêng lan kaos cêmêng utawi sêpatu pêthak inggih kaos pêthak.

C. Kostim tindakan (tourne)

Kangge tourne, kostim pêthak kasêbut nginggil punika kenging kagantos kostim khaki utawi ijêm klawu utawi badhe sanès ingkang sae kangge nindakakên padamêlan ing jawi. Rêrêngganipun très (pita) inggih kêdah sami warninipun kalihan warnining jas, manawi botên inggih kêdah mèh sami. Kancingipun prunggu, dados sanès mas. Kêmejanipun kenging sawarni-warninipun.

Kostim tourne punika botên kawajibakên kados kostim pêthak,

Kajawi kostim pêthak, ugi kostim agêng kawajibakên, nanging namung dhatêng pangkat bupati patih, patih, wêdana lan asistèn wêdana.

Priyantun kantor kabupatèn inggih kenging ngangge kostim kados ingkang katêrangakên ing nginggil. Dene kostimipun secretaris 1 e kl. kados kostim wêdana, kostimipun secretaris 2e. kl lan adj-regentschapssecretaris kados kostim asistèn wêdana, kostimipun mantri kabupatèn sami kalihan kostimipun mantri pulisi, kaotipun bludiranipun priyantun kantoran wau salaka, sanès mas, kêjawi yèn ingkang ngangge waunipun tumut golongan B.B.

D. Dinner Jacket

Ing pasamuwan ingkang satêngah oficieel bupati lan patih kenging ngagêm kostim ingkang kawastanan dinner jacket kados ingkang kangge amtênar B.B. bôngsa Eropah.

[Grafik]

Pangagêman Bupati basahan

Dene warninipun:

a. Jas pêthak bikakan modhèl dinner jacket (sawarni jèt), tanpa rêrênggan ing lêngên, panutupipun ngangge kancing dhinês, kangge pangkat bupati mawi rêrênggan bludiran kadosdene rêrêngganipun kostim pêthak bikakan.

b. Rompi nunggil ban kalihan jasipun, mawi kancing dhinês gèpèng sêkawan kathahipun.

c. Clana ingkang kagêm dhatêng kostim agêng.

d. Pèt pêthak kados ingkang dhatêng kostim pêthak.

Kostim dinner jacket punika panganggenipun mawi kêmejan pêthak sêtrikan, krahipun ngadêg ing ngajêng têkukan, dhasinipun cêmêng modhèl kupu, kaos cêmêng, sêpatu lak cêmêng.

Agêman A, B, C, lan D kasêbut nginggil punika pranatanipun kapacak wontên ing Bijblad no. 12776, 12814, lan 13825. Wiwitipun lumampah ing taun 1932. Sadèrèngipun taun punika ingkang kangge pranatan ingkang kapacak ing bêslit gupêrmèn tanggal 2 April 1870 (Bijblad no 2308). Agêmanipun priyantun manut pranatan lami punika wontên warni 3, inggih punika: 1. agêman dodotan, 2. agêman prajuritan, 3. agêman kanigaran. Rèhne pranatan punika sampun kasuwak, dados botên prêlu kula gancarakên, sanajan taksih wontên priyantun ingkang sok ngangge.

Probonegoro.

PATHI RASA

Nyêrikake wong kang asor budine, padha bae karo mbandhêm pacêrèn, mêsthi nyiprat blêthoke, ngênani awake dhewe.

Wong kang bola-bali disêrikake, mangka tansah ngêgungake pangapurane, kang nyêrikake mêsthi banjur krasa sêrik dhewe.

Andhap asor pancèn bêcik. Ananging yèn nganti kêladuk, yaiku kasêthithikên anggone ngajèni marang awake dhewe, malih dadi umuk alus.

Andhap asor palsu, iku pantog-pantoganing wong umuk.

Sing sapa tumandang ing gawe, ora kobêr golèk kabêgjaning urip sarana ngolak-alik isèn-isèning atine. Jalaran, wong kang tumandang mau, atêgês wis krasa yèn awake dhewe duwe kakuwatan. Lan yèn wis krasa yèn duwe kakuwatan, iku uga atêgês wis krasa yèn awake sinungan kabêgjan.

Yèn kêpingin ora dicacad ing wong liya, gampang bae, yaiku: aja gunêman apa-apa; aja nindakake apa-apa; lan aja ana ing donya.

Lêgèn bosok dadi cokak. Mangkono uga wong kang uripe ora dadi, malih dadi wong kang wasis nacad kaananing masarakat.

--- 209 ---

PANGULU KARATON NGAYOGYAKARTA SEDA

Kala dintên Jumuwah tanggal 14 wulan punika, Kangjêng Kyai Haji Muhammad Kamaludiningrat, abdi dalêm wêdana agêng pangulu karaton Ngayogyakarta, seda, jalaran gêrah dadakan, yuswa 72 taun.

[Grafik]

Ngarsa dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan nalika rawuh ing pangulon.

[Grafik]

Untabing tiyang ningali layon nalika lumampah dhatêng Kuthagêdhe.

Miturut wartos ing dintênipun Kêmis taksih sowan wontên pangadilan dalêm karaton.

Ing dintênipun Jumuwah, ing sadèrèngipun sêmbahyang Jumuwahan, layon kabêkta dhatêng mêsjid agêng, pêrlu ing sabibar sêmbahyang lajêng dipun sêmbahyangakên ing para ingkang sami sêmbahyang Jumuwah.

Suwargi Kangjêng Kyai Pangulu, satunggiling priyagung sêpuh ingkang sumarambah dhatêng pakêmpalan-pakêmpalan, saya tumrapipun pakêmpalan Muhammadiyah, panjênênganipun dipun anggêp kados bapa babunipun.

Ing sakawit wontên wartos, layon badhe dipun sarèkakên wontên ing dintên Jumuwah wau wanci sontên, nanging wontên dhawuh pangandika dalêm ngarsa dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan, badhe kaparêng têdhak layat, saha kadhawuhan ngubur wontên pasarean Kuthagêdhe.

Ing dintênipun Sabtu enjing antawis jam 10.30 para luhur ing Ngayogyakarta sampun sami rawuh, inggih punika pêpatih dalêm K.G.P.A.A. Prabu Suryodhilogo, paduka Gupêrnur Ngayogyakarta tuwin sanès-sanèsipun.

[Grafik]

Layon dipun pikul ing para abdi dalêm mêthakan.

Jam 11 lêrês ngarsa dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan têdhak dipun dhèrèkakên para pangeran. Layon lajêng kabidhalakên dhatêng pasarean ing Kuthagêdhe.

Uparêngganing layon prasaja sangêt, tanpa rinêngga-rêngga ing sêkar. Tindak makatên punika kacariyos sunat Nabi s.a.w.

Ing dintênipun Sabtu enjing wau untabipun têtiyang ingkang sami badhe ngurmati layon ewon, ngatos lumèbèr ing sajawi pangulon, malah ing margi-margi sampun kêbak têtiyang ingkang sami ningali. Lampahipun layon dipun grubyug ing tiyang ewon, saya dangu saya kathah, ngantos angêbaki margi. Punika dados pratandha bilih suwargi Kangjêng Kyai Pangulu dipun suyudi saha dipun trêsnani ing tiyang kathah.

Jam 1 siyang layon dumugi ing Kuthagêdhe. Sasampunipun ngaso sawatawis, lajêng dipun sarèkakên.

Inna lillahi wa inna ilaihiroji'un.

--- 210 ---

Dhatêng Kawah Ijèn

Karanganipun Adnawijaya

Pêthikan saking "Parahiangan"

(Sambêtipun K. No. 14)

Ing sakawit kula kintên namung undhak-undhakanipun thok ingkang wêlirang, nanging jêbulipun tanggulipun inggih. Dados botên nama namung lumayanan. Mila ing ngriku dipun awisi botên kenging sês, dipun kuwatosakên bokmanawi mbucalipun têgêsan saênggèn-ênggèn.

Kawah ijèn punika saperangan agêng sampun dados têlaga. Ing sawetaning têlaga katingal kêluk kumêlun, lamat-lamat kêtingal wontên ingkang sawêg baitan. Tlaga wau dunungipun ing gampènging rêdi Mêrapi ingkang sisih kilèn. Wangunipun lonjong. Panjangipun saking pambucalan toya dumugi pinggir wetan (sacêlakipun ingkang kumêlun) wontên 900 m. Alangipun wontên 500 m. Toyanipun gatêl, jalaran kacampuran zwavelzuur. Lêbêtipun 200 m. Bêntèripun nalika samantên wontên 400 C (mangêt-mangêt).

Èrèng-èrèng ingkang ngubêngi tlaga wau ingkang sisih kidul lan lèr njulêg, ingkang sisih wetan ragi lètèr nanging inggil, ingkang sisih kilèn pambucalan toya. Sarèhning toyanipun kaworan zwavelzuur, botên kenging kailèkakên sakajêng-kajêng. Yèn badhe kailèkakên, kirang sêminggu kêdah sampun suka kabar dhatêng dhusun-dhusun sakiwatêngênipun ngriku, supados sami jagi-jagi. Dene sababipun panjênêngan sadaya sampun sami uninga bilih toya ingkang kamoran zwavelzuur punika botên kenging dipun cêlaki. Tuladhanipun ing bawah Ciwidey. Toya wêlirang saking kawah putih adamêl kapitunanipun rakyat.

Kala samantên lajêng wontên baita dhatêng. Jalaran sampun kula sêdya badhe ningali kawah ingkang kumêlun, lan sampun angsal palilah saking ingkang jagi, malah lajêng dipun êtêrakên, dados manah kula lajêng nekat. Ing mangka salami kula gêsang dèrèng nate numpak baita. Nanging ing samangke kêpêksa, jalaran saking kêpengin kula sumêrêp kawah. Nanging manah tatag, jalaran dipun dugèkakên tiyang ingkang sampun kulina.

Enggaling cariyos sampun dumugi ing panggenan ingkang kula purugi.

Samandhap kula saking baita, tukang mriksa kawah têrus nyêlaki kawah ingkang umob kalihan nyêpêng termomètêr (pirantos kangge ngukur bêntèr). Sarèhning sampun kulina, mlumpat saking baita dhatêng panggenan ingkang selanipun pating pêndhukul, sajak sakeca kemawon.

Sasampunipun cêkap anggèn kula nêningali lajêng wangsul malih dhatêng pambucalan toya.

[Grafik]

Margi undhak-undhakan ing pucak.

Nalika mandhap dhatêng lêlêngkèh lampah kula sajak dhengklang, ndêgèg, jalaran mawi undhak-undhakan. Wangsulipun sanajan marginipun mawi undhak-undhakan ndêdêr, manah inggih botên wêgah. Margi ingkang kados makatên ndêdêripun, kula lampahi kanthi sabar lan kêncênging manah lêstantun dumugi ing pucak kanthi wilujêng.

Ing ngajêng sampun kacariyosakên bilih panggenan kangge ningali têbih punika dunungipun

--- 211 ---

wontên margi ingkang anjog ing pucak, inggih punika pucak ingkang sisih kidul, ingkang inggilipun 2386 m. Ing ngriku wontên griyanipun alit kangge punggawa Vulkanologisch Onderzoek, ingkang kajibah nitipriksa kawontênaning kawah ijèn. Kajawi punika ugi wontên trowongan pangungsèn (vluchttunnel) kangge ngungsi punggawa wau yèn rêdinipun njêblug. Ing nglêbêt wontên mêsinipun kangge nyumêrêpi wontênipun lindhu tuwin pirantos sanès-sanèsipun. Tilpun ugi wontên, awit tilpun punika prêlu sangêt kangge ngabari dhatêng pundi-pundi.

Sarêng sampun ngaso sakêdhap kula lajêng kesah malih ningali jurang. Inggih jurang punika ingkang lêbêt piyambak ing sisih kidul. Ningali mêngandhap katingal njulêg sangêt. Upami kirang tatag mêsthi kêjêgur. InggilpunInggilipun. saking lumahing têlaga wontên 2386 m-2146 m = 240 m.

Tumrap para ingkang sampun nate tindak dhatêng rêdi Tangkubanprau, têmtu sagêd ngintên-intên. Saking pakèndêlan montor dumugi kawah Ratu namung 100 m, ewadene sampun katingal inggil. Ing mangka punika tikêl kaping 21/2 ipun.

Sêsawangan ing ngriku, rêdi Sêmèru ingkang sisih kilèn katingal biru kinêmulan ing kêluk. Sisih ngrikanipun malih patêgilan kinubêng ing rêdi-rêdi, inggih punika ing sisih kidul rêdi Ranti, sisih kilèn rêdi Raung gandhèng kalihan rêdi Sukêt, kasambêt rêdi Kêndhêng dados watêsing tanah ngare. Ingkang sisih ngrika rêdi Kêndhêng, rêdi Iyang-Argapura, katingal lamat-lamat. Ing patêgilan ingkang wiyar angilak-ilak, punika katingal siti pating pêthuthuk, ingkang rumiyinipun gumuk. Pucaking gumuk wau katingal lêgok, tilas njêblug.

Yèn nitik dhatêng bukti-bukti, kenging katêmtokakên yèn ing ngriku punika ing jaman kinanipun kawah. Ing samangke sampun kêbak tanêman kopi.

Kula lajêng mandhap mêdal sisih wetan, ningali sisih lèr. Ingkang anèh-anèh botên wontên, namung sumêrêp sunglon Madura tuwin pasisir lèr.

Nalika wulan November 1936 kawah Ijèn kurda, nanging botên sangêt. Inggiling toya ingkang kawoworan lahar namung 50 m. Bibar punika dumugi samangke botên wontên kabaripun malih.

Enjingipun dintên ingkang kaping gangsal kula pamit wangsul. Ing wanci sontên sampun dumugi ing Banyuwangi. Nalika samantên ing palabuhan asrêp sangêt.

Dintên ingkang kaping nêm wanci siyang, kula sampun dumugi ing Surabaya. Sasampunipun ngaso lajêng dolan dhatêng palabuhan.

Enjingipun, dintên ingkang kaping pitu, wanci enjing kula bidhal dhatêng sêtatsiyun Pasarturi têrus wangsul mêdal Sêmarang-Cirêbon.

Nalika bidhalipun mêdal sisih kidul, ingkang dados lam-laming manah, inggih punika nalika lampahing sêpur mlipir pasisir tuwin nalika mêdal èrèng-èrèng, menggak-menggok, inggih punika antawisipun Cicalêngka kalihan Cibatu.

Ing samangke wangsulipun mêdal lèr. Ugi kathah têtingalan ingkang narik manah. Lampahing sêpur mlipir pasisir, nglangkungi grumbul-grumbul, wana, sajak kados dipun oyak ombaking sêgantên. Ing sêgantên katingal baita layar pating krampul, layaripun katingal pating pandhêlung, sajak pados pêntasan, jalaran wontên ingkang dipun bêtahakên. Têtingalan makatên wau antawisipun Sêmarang kalihan Cirêbaon.

Saking Cirêbon dhatêng Bandung kula lajêng numpak montor bis "Betoel".

Kèkêr Masyarakat

Mila kêdah waspada!

Landrad Bêtawi mêntas mriksa guru kabatosan misuwur, nama Jayaarja. Wontênipun lajêng kaglandhang dhatêng pangadilan punika, jalaran nyêbar ngèlmu ingkang sakalangkung mbêbayani tumraping kanthonging muridipun. Gampilipun kalêbêt kalêpatan bangsaning apus. Kêjawi punika, ugi jalaran glotha-glathe sêmbrana kalihan semahing muridipun.

Para muridipun sami dipun wêjang, botên prêlu sêmbahyang, botên prêlu dhatêng mêsjid, botên prêlu muji dhikir, ugêr sampun pitados dhatêng ki guru, tuwin sagêd apal donga-donganipun ki guru, mêsthi wilujêng, mêsthi sugih, lan yèn pêjah minggah swarga klas satunggal.

Donganipun wontên ingkang mungêl makatên: "Allahu Akbar Jayaarja, Allahu Akbar Jayaarja, Allahu Akbar Jayaarja. Bumi langit kagungane Jayaarja. Lintang rêmbulan kagungane Jayaarja. Bathara Krêsna putrane Jayaarja. Jim setan pêri prayangan kêbawah Jayaarja."

Anggènipun ngêmèlakên donga wau mawi wilujêngan warni-warni. Wontên ing pangadilan, ki guru nêrangakên yèn pancèn gadhah ngèlmu sêpesiyal inggih punika ngèlmu Sri Jayaarja, ananging ngèlmu wau botên kangge ngapus-apusi, malah kangge adamêl kawilujênganing tiyang kathah.

Bab punika pangadilan dèrèng ndhawahakên putusan. Tumrapipun Sêmplok, lêlampahan wau namung dipun anggêp pêpèngêt, yèn dalasan ing taun 1941 punika, taksih wontên guru ngèlmu kabatosan ingkang mbêbayani! Mila kêdah tansah mulat.

Sêmplok.

--- 212 ---

Basa Jawi kalihan Pèrês

Gêgayutan kalihan anggènipun nêdya ndandosi risakipun basa Jawi, Pahêman Radyapustaka (P.R.P.) ing Surakarta sampun ngawontênakên sarasehan kalihan para ahli basa mawi ndhatêngakên omrupêr-omrupêr radhiyo tuwin para redhakturing sêrat kabar ing Vorstênlandhên. Kangge ndandosi utawi nyêgah risaking basa Jawi, P.R.P. ngajêngakên ihtiyar warni-warni, dene ingkang kalêbêt enggal inggih punika badhe ngewahi (nglêrêsakên) basanipun sêrat-serat ingkang kangge wontên ing pamulangan, ngawontênakên pasinaon basa Jawi kangge para guru yèn pinuju libur, tuwin mrayogèkakên dhatêng para omrupêr tuwin redhakturing sêrat-serat kabar Jawi supados sami sagêd ngangge basa Jawi ingkang lêrês.

Rèhning rêmbagipun P.R.P. wontên ingkang nggêpok pèrês, mila pèrês Jawi sadaya umumipun lajêng sami nanggapi tumut urun pamanggih.

Pamrayoginipun P.R.P. wau, sampun têrang sae sangêt, botên wontên ingkang botên nayogyani. Makatên ugi anggènipun mrayogèkakên dhatêng pèrês Jawi, punika inggih nama mapan sangêt, jêr sayêktosipun dayaning pèrês wontên ing masarakat pancèn agêng, malah botên kêladuk manawi kula têmbungakên langkung agêng tinimbang kalihan dayanipun pamulangan tuwin sawarnining bêbadan ingkang niyat ndandosi risakipun basa Jawi. Gampilanipun, pèrês pancèn dados dêdamêl ingkang mitadosi.

Anamung, ingkang dados soal, baya kados pundi caranipun P.R.P. sagêd nyabun basanipun pèrês Jawi? Gêgayutan kalihan punika, tw. Bratakesawa wontên ing Panyêbar Sêmangat damêl wawasan makatên:

Ing waktu saiki, ora ana layang kabar basa Jawa kang basane kaya karsane Radyapustaka. Ora ngêmungake layang kabar Jawa Wetan bae, sanajan layang kabar ing Vorstênlandhên, sanajan Pusaka Jawa kang diwêtokake Java Instituut, sanajan Kajawèn kang diwêtokake Bale Pustaka, basane Jawa isih durung kaya kang dikarsakake Radyapustaka. Dadi yèn nuhoni pamrayogane Radyapustaka mau (mbêcikake basane layang kabar) para redhaktur mau isih kudu sinau manasuka saka karêpe dhewe.

Pamrayoginipun P.R.P. supados para redhaktur sami purun sinau basa Jawi, punika pancèn prayogi sangêt. Ananging manawi basanipun Jawi kakêdahakên sami trêp kalihan basanipun Radya Pustaka, utawi dipun walik, yèn botên kados basanipun Radya Pustaka kaanggêp basa Jawi risak, kintên-kintên angèl sangêt kalampahanipun. Jalaran basa punika sanajana wontên pathokanipun umum, namung mêksa taksih têtêp tiyang-tiyangan (individueel) ing bab pacak lan cengkokipun. Dados kenging kawastanan mokal sagêdipun trêp sami kalihan kajêngipun P.R.P.

[Iklan]

Kula kintên, botên wontên redhaktur satunggal kemawon ingkang botên purun kadunungan kasagêdan ngangge basa lêrês lan sae. Anamung, sanadyana niyat nyinau basa Jawi kados karsanipun P.R.P. wontênipun samangke taksih kakirangan sarana kathah sangêt. Jalaran P.R.P. piyambak dèrèng damêl pathokanipun basa Jawi ingkang lêrês saèstu, lan ingkang kenging kangge têpa tuladha utawi kangge ukuran. Dados ingkang sami niyat badhe sinau basanipun P.R.P. wontênipun namung pakèwêd, jalaran botên wontên gêgaranipun, botên wontên paramasastra lan bausastranipun ingkang trêp kados kajêngipun P.R.P.

Mila murih sêdyanipun P.R.P. sagêd kasêmbadan, botên wontên margi ingkang langkung mikantuki kêjawi P.R.P. tumuntên damêl paramasastra Jawi ingkang sampurna, damêl bausastra Jawi ingkang sampurna, suka tuladha nêdahakên basa ingkang lêrês lan sae saèstu, sarana ngêdalakên sêrat-sêrat waosan utawi sêsêrêpan sampun namung satunggal kalih, nanging ingkang kathah; kajawi punika, ugi kêdah kêrêp sangêt manjurung karangan wontên ing sêrat-sêrat kabar utawi kalawarti Jawi satanah Jawi, prêlunipun ngiras nyontoni lan rêrencang nyaèkakên basanipun sêrat-sêrat kabar.

O.O.§ Andharan ing nginggil punika mligi pamanggihipun sdr. OO. piyambak. Kathah prakawis ingkang botên cocog kalihan pamanggihipun Red. Sanès dintên Red. badhe damêl wawasan sanès, nisihi pamanggihipun sdr. OO. wau. Red.

--- 213 ---

PADAGANGAN PAYUNG

Sami-sami padagangan, payung punika kagolong padagangan ingkang kêlimrah sangêt, tiyang kesahan kabênteran, limrahipun sami payungan, makatên ugi manawi kajawahan. Dados mèh botên wontên tiyang kêkesahan ingkang botên payungan.

[Grafik]

Papan pamemean payung ingkang sawêg kadamêl.

Jalaran saking payung punika dados kabêtahan umum, mila wêdaling padagangan payung inggih kathah sangêt, malah payung ugi lajêng anggêgèndèng dhatêng nagari aslinipun ingkang ngêdalakên kados ta: Tasikmalaya, Juwiring, tuwin Banyumas. Dene ingkang pinanggih agêng piyambak ing Tasikmalaya. Padagangan payung ingriku sampun sagêd sumêbar dumugi tanah sabrang. Tamtunipun anggènipun sagêd saya agêng wau, jalaran saking saening damêlanipun tuwin awèt anggènipun.

Payung wêdalan Tasikmalaya punika warni kalih, satunggal mawi dipun sêkar-sêkar ing cèt mancawarni, sêsêkaranipun pèni-pèni, ngrêsêpakên dhatêng sawangan, saya tumrap dhatêng wanita ingkang ahli mêmangun busana, cèting sêsêkaran wau sagêd kagathukakên kalihan ulêsing sandhang panganggènipun.

Satunggalipun bangsaning payung jawah, ingkang dipun wastani payung Siam, awit ing kinanipun aslinipun payung ingkang kados makatên wau saking Siam. Wêdalipun payung Siam wau ing sapunika majêng sangêt, sagêd ugi ing têmbe ngungkuli payung sêkaran. Miturut pèngêtan, wêdalipun payung ing wêkasaning taun kêpêngkêr wontên 10.000 kodhi, ing taun punika sagêd ugi ngantos 120.000 kodhi. Dene payung sêkaran, sagêd ugi ngantos 1.000.000 kodhi.

Mirid cacahing payung ingkang samantên kathahipun wau, lajêng katingal bilih panggaotan punika amurakabi dhatêng tiyang atusan, sagêd ugi ewon. Dene pameranging padamêlan, wontên ingkang damêl ragangan piyambak, nèmplèkakên dlancang utawi montên piyambak, ngêcèt piyambak tuwin sanès-sanèsipun.

Kados para maos sagêd anggalih piyambak, panggaotan ingkang sampun kados makatên agêngipun, botên cêkap katindakakên namung sambèn. Dene pinanggihipun wontên ing Tasikmalaya, sampun wontên sudagaripun, nama Kaji A. Pachrudin, ingkang sampun dipun jêjuluki: Raja Payung.

[Grafik]

Kaji A. Pachrudin, wontên sangajênging griyanipun ingkang njênggarang.

--- 214 ---

Jagading Wanita

KADOS PUNDI SAGÊDIPUN RUKUN

Kula kaparênga urun rêmbag sakêdhik, anyambêti pangandikanipun sêdhèrèk Sudarmawidigda, inggih punika tiyang jêjodhoan punika kêdah rukun. Punika lêrês sangêt. Malah kina mila, pamujinipun tiyang sêpuh dhatêng anakipun pangantèn, jalêra, èstria, supados sami atut rukun ngantos kakèn-kakèn ninèn-ninèn. Nanging nyatanipun botên kirang tiyang ingkang botên lulus anggènipun jêjodhoan.

Wontênipun tiyang jêjodhoan ngantos pêgatan, punika jalaranipun ingkang kathah, saking tiyang jalêr rabi malih, bojonipun sêpuh lajêng dipun wayuh. Kula pitados bilih tiyang èstri dipun wayuh punika mêsthi botên sagêd (botên kiyat).

Ingkang sagêd, punika jalaran kêpêksa sampun kathah anakipun, dados saupami nilar anakipun, kawratan. Nanging sabên dintên manahipun tansah kêmropok kemawon. Dangu-dangu manahipun botên kiyat, wêkasan katuwuhan sakit tbc, utawi nratab. Mangka sêsakit kados makatên punika angèl sangêt jampèn-jampènipun.

Kados makatên punika tumrap tiyang jalêr botên dipun manah babar pisan, èngêtipun namung pados sênêngipun piyambak, ucapipun: "Wis kangelan nggolèkake pangan, kok ora entuk golèk sênêng."

Inggih lêrês pangandikanipun sêdhèrèk Petruk, kêdah èngêt dhatêng turunipun. Manawi tiyang jêjodhoan ngantos bibrah punika, kajawi risak balegriyanipun inggih risak anak-anakipun. Inggih kadospundi anggèning lare botên risak. Waunipun dipun êmong biyungipun piyambak, tansah dipun eman-eman. Sintên tiyangipun ingkang botên trêsna dhatêng anak. Nanging sarêng dipun ngèngèrakên bok nèm, rak lajêng botên patos dipun opèni. Mêsthinipun inggih botên rêmên dhatêng lare-lare wau, tiyang ingkang dipun bêtahakên bapakipun lare. Saya tumrap biyungipun lare-lare wau ingkang tiyang sêpuhipun mlarat, rak kêranta-ranta sangêt. Anak dipun tilar botên tega, dipun bêkta botên sagêd ngingoni utawi ngragadi sêkolahipun.

Sampun kathah sangêt kêtatalan kados makatên wau. Manawi wontên pitakenan, punapaa ta tiyang jalêr punika kok dipun wênangakên wayuh ngantos sakawan? Punika wangsulanipun: "Mêsakakên golongan wanita, amargi langkung kathah tinimbang priya." Wangsulan makatên punika inggih pancèn sakeca, nanging botên ngèngêti saha botên gadhah wêlas dhatêng ingkang badhe dipun wayuh, ingkang mêsthinipun sampun tumut nglampahi pait gêtiring tiyang gêgriya.

Wusana bokbilih wontên klinta-klintunipun rêmbag kula, para maos paringa samodra pangaksama.

Mevr. T.

[Grafik]

Pakêmpalan Wanito Utomo ing Tembokdukuh (Surabaya), nalika mèngêti sadasa taunipun.

I. Wara Ruslan Atmokusumo (Pangarsa). II. Wara Suharta (Panitra). III. Wara Darmosantono (Artaka). IV. Wara Wiryosujono (Pêmbantu). V. Wara Martoatmojo (Pêmbantu).

Mênggah ancasipun: Kajawi ngrakêtakên pasadherekan, ugi ngudi dhatêng kasagêdan, ingkang dados kabêtahanipun para putri.

--- 215 ---

KAWRUH BATHIK WARNI-WARNI

(Sambêtipun K. No. 10)

Sasampunipun dipun kum, lajêng dipun gêlar wontên mêstèr sarta dipun gosok kalihan sikat alon-alon ingkang waradin. Lajêng dipun jèrèng wontên ing papan pamepean. Manawi toyanipun sampun katingal atus, lajêng dipun êntas kalêmpit cara wiron, lajêng dipun cêlup dhatêng talawah isi soga kajêng sarta kaênyêt-ênyêt ngantos waradin. Ing salajêngipun lajêng kasampirakên dhatêng angklèk (gawangan) supados atus. Manawi sampun atus, lajêng kajèrèng ing papan pamepean malih ngantos garing. Dene panyêlupipun dhatêng soga kajêng wau kaping 3 utawi 4 rambahan. Manawi sampun lajêng dipun sari gamping.

Pandamêlipun sari gamping kados ing ngandhap punika:

Gamping 1 kati dipun toyani 3 blèg (60 l.), lajêng kaudhêk. Sasampunipun lajêng dipun cêmplungi jur-juran gêndhis klapa 1 1/2 tangkêp, ugi kaudhêk. Manawi sampun mênêb, kailing bêninganipun dhatêng wadhah sanès. Lajêng barang ingkang sampun kacêlup ing soga kajêng wau bêninganipun sari gamping wau kanthi kaulêt-ulêt ngantos mulêt waradin. Manawi sampun, lajêng kaêntas kaklumbrukakên dhatêng siti utawi dhatêng mêstèr sarta kalambaran kepang utawi sanès-sanèsipun supados botên rêgêd. Manawi toya sari gamping wau sampun katingal rumêsêp, lajêng dipun cêlup dhatêng godhogan toya tawas. Pandamêlipun godhogan toya tawas kados ing ngandhap punika:

Sari kuning 1/4 kati, tawas 1/4 kati, têgêran 1/8 kati.

Barang 3 warni punika dipun godhog sarêng-sarêng, dipun toyani 1 1/2 blèg (30 l.). panggodhogipun umob sêpuh. Manawi sampun lajêng kailing dhatêng wadhah supados asrêp. Manawi sampun asrêp, lajêng barang ingkang kacêlup dhatêng toya sari gamping wau, dipun cêlup dhatêng godhogan sari kuning ingkang sampun asrêp wau, kanthi kaulêt-ulêt ngantos waradin. Manawi sampun lajêng kacêlup dhatêng toya limrah têrus dipun kêbyok (kagodhog). Manawi sakintên lilin sampun rêsik, lajêng dipun girah toya asrêp ngantos rêsik. Punika sampun dados babaran sinjang.

Caranipun mbabar combinatie dhasaran saking naptal.

Bironan bathik kados ingkang sampun kasêbut ing ngajêng kacêlup naptal. Manawi sampun lajêng dipun jèrèng dhatêng sampiran supados atus. Sasampunipun atus, lajêng dipun cêlup dhatêng sarêm. Manawi sampun lajêng dipun girah toya ngangge sabun. Salajêngipun dipun girah toya limrah ngantos rêsik. Caranipun nggirah kêdah dipun êlon-êlon supados lilin botên risak. Manawi sampun lajêng dipun jèrèng wontên papan pamepean ngantos atus. Manawi sampun atus, lajêng dipun cêlup soga kajêng sarta kajèrèng ngantos garing. Panyêlupipun soga wau ngantos kaping 3 utawi 4 rambahan. Manawi sampun lajêng kacêlup dhatêng toya sari gamping kacampur tawas lan gêndhis batu.

Pandamêlipun toya tawas kados ing ngandhap punika:

Tawas 1/4 kati, gêndhis batu 1/8 kati.

Barang kalih warni wau kagodhog sarêng-sarêng, dipun toyani 1 blèg (20 l.). panggodhogipun umob sêpuh, lajêng kailing dhatêng wadhah sanès supados asrêp.

Sasampunipun lajêng damêl sari gamping:

Gamping (kapur) 1 1/2 kati dipun toyani 4 blèg (80 l.), lajêng kaudhêk. Manawi sampun lajêng dipun cêmplungi jur-juran gêndhis klapa 2 tangkêp, ugi dipun udhêk. Manawi sampun mênêb lajêng kacampur toya godhogan tawas lan gêndhis batu, kacarub ngantos campur. Manawi sampun barang ingkang sampun kasoga wau lajêng kacêlup dhatêng bêninganipun toya sari gamping ingkang kacampuran tawas lan gêndhis batu wau, lajêng dipun ênyêt-ênyêt ngantos waradin.

Manawi sampun lajêng kaêntas kaklumbrukakên ing siti utawi mêstèr dipun lambari kepang utawi sanès-sanèsipun supados botên rêgêd. Manawi toya sari wau sampun katingal waradin (rumêsêp), lajêng dipun cêlup dhatêng godhogan sari kuning lan tawas sarta gêndhis batu. Panggodhogipun sari kuning kados ing ngandhap punika:

Têgêran 1/4 kati, tawas 1/4 kati, sari kuning 1/4 kati, gêndhis batu 1/8 kati. (wontên lajêngipun)

Jayèngwignya

PAWARTOS REDACTIE

Langganan No. 2761. Kêrtas sègêl kenging kalintokakên sègêl utawi plakzegel (zegelwaarden) kanthi bayaran f 0.20 sabên krêtas sègêl satunggal. Nanging botên kenging kalintokakên kartupos, prangko, kartu postwissel lan sasaminipun (postwaarden). Makatên ugi kalintokakên arta, ugi botên kenging.

Langganan No. 678. Punggawa nagari ingkang kakèndêlakên jalaran miturut papriksanipun dhoktêr "afgekeurd", ing mangka dhinêsipun sawêg 20 taun, umur 45 taun upaminipun, pangetanging pènsiun miturut dhinêsipun. Dhinês 1 taun pènsiunipun 1.44% nipun blanja ingkang agêng piyambak ingkang sampun katampi ing salêbêtipun 24 wulan. Dados dhinês 20 taun pènsiunipun 1.44% x 20 x blanja = 28.80% ning blanja.

Saking Alg. Politie badhe mlembar dhatêng Boschpolitie, prayogi mitêrang dhatêng sêpipun.

Langganan No. 167. Bab sayêmbara Dentamint, punika ingkang dipun kintunakên wadhahipun timah, sanès dhusipun. Bab pangintunipun prayogi milih ingkang wragadipun sakêdhik piyambak.

--- 216 ---

Wayang Wahana

II (têlas)

SÊMAR: Iya, Truk, iya. Pancèn bênêr kandhamu. Wayang purwa mula isih kurang ganêp, têgêse ora kêna dianggo mayangake lêlakone wong saiki.

GARÈNG: Nèk kênane mono kêna-kêna bae, ning ora wangun. Sawatara taun saprene, sadurunge ana wayang Jawa lan wayang Wahana, aku tau njagong pangantèn, nganggo suguhan wayangan modhèl. Wayange wayang purwa, mung wae lakone nekad praja, njupuk lêlakon lumrah, lêlakone wong cilik, dadi ora nganggo ratu-ratunan, lan dewan-dewanan barang. Sing dianggo lajêring crita jêjaka desa, jênênge Sang Sarija, nakokake anak jagabaya, Sang Kusumaning Ayu Rêtna Dèwi Sarijêm. Rèhning Sang Sarija mau mung anak randha malarat, panglamare ditampik mêntahan, tanpa nganggo dibalak alus, kaya kalumrahane tatakrama Jawa. Sang Sarija isin bangêt, banjur lunga nganggo ngumbar prasapa, ora pati-pati mulih yèn durung bisa dadi wong hartawan. Ora antara suwe, jagabaya mau konangan ênggone nampani bêsêl, banjur diukum lan dionslag oneervol. Samêtune saka bluwèn, sang jagabaya isin bangêt manggon ana desane, mula iya banjur nggêblas saanak bojone, mlêbu kontrak nyang Dhèli. Têkan ing Binjei, mak gathuk kêtêmu Sang Sarija sing uwis dadi hopmandhor, mbawahake kuli kontrakan atusan, kêlêbu uga jagabaya karo anak bojone mau. Sang Sarija, sanajana wong cilik, ning bêbudène luhur bangêt. Ora gêlêm malês ngece utawa ngênyèk mênyang jagabaya, malah malês bêcik bangêt. Ana ing jagat kontrakan kono, Sang Dèwi Sarijêm dadi kêmbang mawar, dianggo rêbutan. Malah ana lêlakon ana kuli kontrak sing wis misuwur dhogdhèng wudhu ing tandhing, ngrêbut kusumaning ayu mau digawa lunga. Sang Sarija banjur ngamuk, lan kêlakon bisa nulungi Sarijêm. Liding dongèng Sang Sarija kêlakon dhaup karo Dèwi Sarijêm, lan saêntèke kontrake padha bali nyang tanah Jawa, nggawa dhuwit akèh, dadi wong tani sugih.

SÊMAR: Ora Rèng. Sing ndhalang kuwi apa bangsane wèrêk, dene gawe crita bae sajak nganggo propagandhah Dhèli.

GARÈNG: Êmbuh, ma. Ayake anggone ngarang lakon mau iya ming sakêtêmune kono, bêbasane dhalang mangsa kuranga lakon. Ning critane pancèn gayêng, ngês tur nêngsêmake bangêt. Ananging, barêng ora cocog karo wayange, dadine iya akèh sing grênêngan, malah ana sing ngunèkake dhalang edan. Ênggone padha grênêngan mau, jalaran wujude wayang ora wangun karo wonge sing dicritakake. Sang Sarija, diwujudi Gathotkaca. Sing dianggo Sarijêm, Wara Sêmbadra. Sing dianggo jagabaya, Baladewa. Sing dianggo ndara sêtèn, Janaka. Sing dianggo kaum, Abiyasa. Sing dianggo kuli dhogdhèng, Dasamuka. Cêkake, ora wangun bangêt karo wong-wonge sing dicritakake. Mulane dhalange iya rada panèn grundêl. Ana sing ngunèkake dhalang konylug, dhalang Kramat Magêlang, dhalang kurang tike, ensoporet.

PETRUK: Ênggone padha anyêl kuwi ayake marga ora lila.

GARÈNG: Ayake, Truk. Aku dhewe barêng mêtu Wara Sêmbadra, banjur dicritakake "Kusumaning Ayu Rêtna Dèwi Sarijêm", wêtêngku krasa mêndhokol anyêl bangêt kae. Ajaa ana ing jagongan, sajène tumpêng karo pitike rak wis tak saut mêntahan.

SÊMAR: Êlo, ana wong anyêl kok banjur arêp nabrak sajèn.

GARÈNG: Nèk mung critane wong cilik bae, prêlune apa ndadak nganggo sajèn. Wong wayangan kuwi, anane nganggo sajèn tumpêng tukon pasar karo pitik, rak murih aja ngantèk kêsiku karo sing diwayangake. Dadi nèk sing dicritakake ming bangsaning wong lumrah, ora prêlu nganggo sojan-sajèn, ora-orane malati.

PETRUK: Prakara sajèn ora takrêmbug, Kang Garèng. Mung bae, wis gênah nèk sêdya arêp mayangake wong lumrah, kuwi pancèn wis suwe anane. Padhane tuwuhe kêthoprak, iya marga kêsodhog ing dêrêng arêp mujudi critane wong saiki. Mulane, tuwuhe wayang Jawa lan wayang Wahana mau, iya jênêng ora anèh, wis kudu mangkono. Para pujangga padha ngarang lan ngidungake lêlakone wong saiki, mêngkono uga para ahli kagunan pawayangan, iya kudu bisa lan wani gawe wayang anyar mayangake lêlakone wong saiki.

[Iklan]

--- 217 ---

[Iklan]

SÊMAR: Ambalèni bab wayang wahana, Truk. Saka rumangsaku kok kaya prèi têmên. Wujuding wayang, sasênênge sing gawe. Gamêlane iya kêmbang bolo. Critane iya mung sakapêrêngesakaparênge. sing dhalang. Ngono kuwi apa ora marahi kalang kabut. Bisa uga banjur akèh sing balapan gawe wayang, bêtèke arêp misuwurake jênênge dhewe, utawi bêtèke kêpengin diaranana ahli kagunan. Upama aku, banjur gawe wayang Sêmar; kowe, gawe wayang Petruk; Garèng, gawe wayang Nala; dèn bèi komis, gawe wayang komis; mas sêrsan inpantri, gawe wayang inpantri, mangkono sabanjure nganti ora karu-karuwan bangêt.

PETRUK: Nèk bisa kaya mêngkono malah apik, ma. Sabab, bab kagunan kuwi pancèn kudu mardika bangêt, ora kêna dicêncang kudu ming kaya ngene kaya ngono. Cêkake kagunan sing patèn londen, jênêng kagunan pathok bangkrong, aliyas ora ana kaundhakane apa-apa. Upamane bab gêndhing, ma. Saya akèh sing ngarang gêndhing anyar, saya prayoga. Saiki wis ana gêndhing pangkur mêgah-mêgahakên, pangkur royal sêroyal-royalnya, sesuk kudu ana sing ngarang pangkur hanganyêlakên sangêt. Saiki wis ana ladrang P.P.R.K., ladrang Mavro, sesuk kudu ana ladrang O.L.My, Bumiputêra, ladrang K.P.M. lan sapanunggalane. Saiki wis ana kroncong lagu pangkur lamba, sesuk kudu ana Hawian lagu kinanthi sandhung, jèsbèn lagu gambirsawit gayêng, gambus lagu bapak pucung kêthoprak, enzoporet.

SÊMAR: Wèh, kok banjur saya ndadra!

GARÈNG: Wis, ma, uwis. Handadra ya bèn. Saiki nêrusake ngrêmbug wayang wahana bae, mundhak kêplantrang-plantrang têkan ora karu-karuwan bangêt. Sabênêre aku rada kêbêlêt bangêt arêp nglairake mongkoging atiku, dene kita bangsa Jawa, saiki saya ketok sugih ahli kagunan. Kaya sing yasa wayang wahana karo wayang Jawa, kuwi sabênêre saora-orane mêksa klêbu punjul ingapapak mrojol ingakêrêp. Mulane pantês dicathêt ana ing babad tanah Jawa, utawa dirêca standbeeld, utawa apêse iya dianggo jênênging setraat, supaya jênênge lêstari langgêng têkan anak putu besuk. Sawise mongkog, gênti arêp nglairake panêmuku bab wayang wahana mau.

PETRUK: Anu, Kang Garèng. Sabênêre, kowe ora bisa mawas wayang wahana kanthi komplit. Sabab kita ming krungu saka radio, dadi ora wêruh rupane. Mangka bangsaning wayang kuwi yèn arêp gawe wawasan sing têmênan, kudu nyipati wujude, dadi bisa wêruh sabêtane, lakune, cêkêlane, lan sapanunggalane.

GARÈNG: Pancèn ngono, Truk. Rèhne sing padha takrasakake mung swarane, mulane sing diwawas iya mung gamêlane karo critane bae. Tumrap aku dhewe, dhèk malêm Sêtu kae mêksa durung 100% marêm. Sabab critane ki dhalang, sabênêre isih rada yangko-yangko, yaiku isih durung mbabarpisani ênggone gawe wayang lan crita anyar. Kaya upamane ênggone nyritakake desane cah wedok, kae isih rada sêmburat "Hong wilahèng awigêna ... ", dene nganggo dicritakake kêtêkan nangkoda barang. Mangka, lêlakone rekane lêlakon modern, lêlakone cah wedok desa olèh "WAHYU NUGRAHA" nganti bisa dadi "MIS". Hlo hla rak ketok nyêngklèng. Kêjaba kuwi, ingatase bocah desa mlarat, tapihe kurasi, durung tau ngicipi gamêlan lan kroncong, hla kok wis bisa kroncong tamansari ngantèk galik-galik bangêt! Apa ora marahi maido? Kêjaba kuwi, saka rumangsaku kakèhan jêjêran, dadi marahi ora katon cêtha lêlakone. Mangkono uga, kakuwatane batine si hoofdrol, drêdahing atine, drêdahing badane karo kangelaning urip, iya ora kêtara bangêt. Sipate si hoofdrol ora gumathok. Maune digawe jinêm lan ernstig. Ning nalikane ngèngèr Babah Buyut, banjur ketok kaya cah wadon munyal-munyal. Ana manèh cacad sing rada ênggêl, yaiku isih rada kêladuk ênggone gêmuru-guru, sajak arêp ngêptik, arêp mulang têrus-mênêrus mênyang sing padha ngrungokake radhio.

PETRUK: Saka rumangsaku iya ngono. Ning, rèhne sing isih rada kurang marêmake mau ming bab lakone lan bab ênggone ngudhar critane, nèk panyedamu bênêr, mêsthine besuk manèh diowahi. Mung bae bab anane wayang wahana mau mêksa wis takanggêp mahanani bêcik tumrap ajuning kagunan Jawa.

--- 218 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

TANAH NGRIKI.

Gêndhis ingkang dipun angge wontên ing tanah ngriki. Miturut pèngêtan, gêndhis ingkang dipun angge wontên ing tanah ngriki ing taun 1940 wontên 347.000 ton, kala ing taun 1939 wontên 320.000 ton, dados langkung kathah ing taun 1940.

Lulus dados Ind. Arts. Lulus dados Ind. Arts wêdalan Nias, R. Sugêng Wiryodipuro, asli saking Nusawungu, Cilacap, tuwin Tuwan Kusnadi, asli saking Lasêm

Bab têdha ing Bojonêgoro. Gupêrnur Jawi Wetan mêntas rêrêmbagan kalihan para B.B. ing paresidhenan Bojonêgoro, ing bab kawontênaning têdha ing laladan ngriku, inggih punika bab badhe wontêning panenan pantun tuwin jagung tuwin pambagening têdha ing panggenan ingkang pêrlu dipun pitulungi. Kajawi punika wontên wartos malih, bilih ingriku badhe kawontênakên rêrigên numbasi pantun utawi jagung ing panggenan ingkang kêlangkungan, lajêng kasukakakên dhatêng panggenan ingkang kêkirangan. Tuwin malih tumrap panggenan ingkang kakintên taksih dèrèng nyêkapi anggèning angsal pitulungan, badhe dipun biyantu saking Voedingsmiddelenfonds.

Pinanggihing propaganda spitfire fund. Dumuginipun sapunika para ingkang kaparêng mbayar contributie ing sabên wulan Spitfire fund wontên 25.000, gunggunging arta ingkang dipun tampèni wontên f 30.000,-. Cacahing tiyang samantên wau ingkang bangsa pribumi tuwin Tionghoa ewon.

Paduka Nyonyah Carda van Starkenborgh Stachouwer têdhak papriksa. Sampun sawatawis dintên, Paduka Nyonyah Carda van Starkenborgh Stachouwer têdhak papriksa dhatêng COVIM ing Kêbonsirih, Bêtawi, mriksani kawontênan saha mriksani para ingkang sami nyambutdamêl ingriku. Kala punika nuju ngawontênakên pasinaon olah-olah cara ngriki ingkang dipun tindakakên ing nyonyah Ios Wiriaatmaja, paduka nyonyah ugi kaparêng ngicipi. Ing salajêngipun mriksani padamêlan sanès-sanèsipun kanthi andangu warni-warni ingkang lajêng dipun têrangakên dhatêng para ingkang anindhihi wajib, katingal adamêl karênaning panggalih.

Ingkang Sinuhun Ngayogya paring dêrma. Kawartosakên, Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta aparing dêrma dhatêng pribumi ingkang sami kasangsaran wontên ing Mêkah kathahipun f 500,-.

Kadurjanan zekering. Jalaran saking tuwuhing kadurjanan zekering ing Bêtawi. Gas Mij, marak-marakakên, sawarnining punggawa ingkang gadhah wajib makatên, sami kabêktanan sêrat katrangan.

Babagan becak dados rêmbag wontên Gemeente. Jalaran saking tuwuhing têtumpakan becak ing Bêtawi lajêng dados rêmbag rame, ingkang gêgayutan kalihan babagan pangupajiwa kalihan kasarasan. Ing bab punika lajêng ndadosakên rêmbag wontên ing Gemeente, ingkang dipun usulakên saking Drs. S.H. Subroto. Wêkasan lajêng wontên rêmbag: 1. Gemeente badhe rêmbagan kalihan pulisi, supados ngêncêngakên tumindaking examenanipun para tiyang ingkang nglampahakên becak, 2. Pamriksa badan dipun kêncêngi, tiyang ingkang botên kiyat botên kaparêngakên nglampahakên. 3. Pamriksaning badan ing sadèrèngipun nindakakên padamêlan. 4. Pamriksaning badan lêlahanan. 5. Gemeente badhe ngawontênakên inspecteur suka wulangan, lêlahanan, dados botên pêrlu sinau dhatêng tiyang sanès.

Nyathêti para wanita ing Bêtawi. Miturut rêmbagipun para wajib anêtêpakên, badhe kawontênakên tindak nyathêti kawontênanipun para wanita ing Bêtawi, ingkang kapetang dados rayat Walandi ingkang dèrèng umur 18 taun ingkang gadhah diploma salah satunggiling pamulangan dhêdhasar wulangan kilenan. Tumindakipun badhe kapasrahakên gemeente.

Golongan milisi botên umbah-umbah piyambak. Ingkang sampun, milisi ingkang sami nglampahi landstorm sami ngumbahi sandhangipun piyambak-piyambak, manawi botên sagêd, kenging dipun kumbahakên ing tiyang sanès. Ing sarèhning ing sapunika para milisi wau botên gadhah wanci, saking kathahing padamêlanipun, wiwit tanggal 15 Februari punika, manawi sandhanganipun dipun kumbahakên ing tiyang sanès, angsal waragad saking nagari. Manawi dipun kumbah piyambak, ugi kaparêng, nanging botên angsal lêlintu waragad.

Tiyang N.S.B. ingkang minggat sampun kêcêpêng. Ingajêng wontên wartos, Dr. Schoonheyt saha Tuwan van Daalen Wetters, ingkang sami dipun tahan wontên Ngawi sami minggat saking tahanan. Ing sapunika wontên wartos, sampun kêcêpêng wontên ing Bêtawi.Dilanjutkan pada hlm. 219.

____________________

[Lanjutan dari halaman 206]

juru sabda wadya lautan Jêpang, ingkang anêrangakên yèn wadya Inggris ingkang kapapanakên wontên ing Malaya punika, maksudipun kangge mêtêl dhatêng Thai ingkang nêdya gotong-royong kalihan Jêpang mbangun Asia enggal. Mila trajangipun Inggris punika saking panyawangipun Jêpang kadosdene tindak ingkang mêngku kajêng mêngsah Jêpang.

Makatên kawontênanipun Asia wetan kala minggu wingi.

Jerman taksih nggêgiro Balkan.

Turki kalihan Bulgarie kala minggu wingi sami sarujuk anêrangakên yèn botên badhe têmpuh-tinêmpuh. Pirukunanipun Turki kalihan Bulgarie punika botên awujud prajanjian, nanging awujud katêrangan, dados namung sami dene nglairakên kasagahanipun botên têmpuh-tinêmpuh. Sanajan Bulgarie kalihan Turki sampun suka katêrangan bilih wontênipun katêrangan wau mligi namung kangge ngrêksa kawilujênganipun Balkan, inggih punika supados Balkan botên katut pêrang, namung mêksa nuwuhakên panggrayangan warni-warni. Wontên ingkang ngintên, yèn katêrangan wau dados wohing diplomatik Jerman, têgêsipun, samangsa Jerman nrajang utawi gotong-royong kalihan Bulgarie nggêbag Griekenland, Turki lajêng botên tumandang. Anggènipun tumandang namung manawi tlatahipun dipun lêbêti Jerman utawi Bulgarie. Ugi wontên ingkang ngintên, yèn tuwuhing katêrangan wau kabêkta saking kêncêngipun Bulgarie anggènipun badhe ngêkahi kamardikanipun.

Manawi nitik ungêling pawartos, Turki anggènipun rêrukunan kalihan Bulgaruie wau, mawi suka sumêrêp dhatêng Griekenland tuwin Inggris. Punika kenging kangge titikan yèn wontênipun katêrangan botên têmpuh-tinêmpuh wau, botên nyulayani kalihan kasagahanipun Turki dhatêng Griekenland tuwin Inggris.

Tumrapipun Jerman tuwuhing katêrangan botên têmpuh-tinêmpuh wau lajêng kangge dêdamêl mêtêk dhatêng Griekenland supados tumuntên purun ngèndêli pêrangipun kalihan Itali sarana lampah nggêgiro lan ngajrih-ajrihi.

Buntutipun "katêrangan botên têmpuh-tinêmpuh" sawêg dumugi samantên.

P.D.

--- 219 ---

[Grafik]

Tamu saking Indhu. Sampun sawatawis dintên ing Bêtawi wontên tamu putri Nata Maharaja Burdwan ing Indhu, asma Putri Maharaj Kumari Lalita Rani Devi. Rawuhipun punika pêrlu lêlana ing salêbêtipun vacantie nitih motor mabur K.L.M. Kacêtha ing gambar.

RINGKÊSAN PAWARTOS NGAMANCA.

Nederland.

Prof. Goudriaan dados tawanan. Miturut wartos ingkang katampi ing London, Prof. Ir. Jan Gourdiaan, dhirèkturing pakaryan sêpur ing nagari Walandi kacêpêng lajêng katawan dhatêng Jerman. Sababipun dene damêl karangan ingkang botên sakeca tumrap Jerman, sarta botên purun ngrujuki anggènipun Seys Inqaurt nêdha lokomotip 75 sarta gêrbong ingkang mirunggan kagêm Sri Maharaja Putri supados kakintunakên dhatêng Jerman. Kacêpêngipun dhirèktur wau anjalari para punggawa sêpur badhe mogok sèlèh padamêlan. Nanging Seys lajêng nyêbar wartos yèn Prof. Gourdiaan dipun luwari malih. Makatên punika prêlunipun supados damêl kisruhipun ingkang sami badhe staking.

Orde Vrijmetselaar kabibarakên. Sasampunipun Nederland karêgêm ing Jerman. Pangrèh agêng Orde Vrijmetselaar nêrangakên wontên ing kalawartinipun, yèn kajêngipun Vrijmetselaar wau botên cocog kalihan cara-caranipun nazi. Sabab saking punika groot-meester van Tongeren,- tilas jendral genie India-Nederland, tuwin rumiyin misuwur dening miwiti wontênipun tram ing Acèh-, katawan dhatêng Jerman. Loge-loge Vrijmetselaar sadaya katutup, bandha darbèkipun tuwin studiefonds dipun rampas.

Inggris.

PRINS BERNHARD. A.N.P. martosakên saking London, bilih Sri Paduka Prins Bernhard, kanthi dipun sayogyani ing rayi dalêm Sri Paduka Prinses Juliana, sampun sawatawis wulan punika sinau ngêmudhèni kapal mabur, sarta sapunika sampun sagêd.

Panêmpuhipun mêngsah. Reuter martosakên saking London bilih kala malêm tg. 20 Febr. wontên kapal mabur mêngsah sawatawis ingkang ndhawahakên bom latu wontên London, anjalari kabêsmèn nanging lajêng kenging kasirêp tumuntên. R.A.F. golongan jager sanalika sami nanggulangi. Wontên tiyang sawatawis ingkang kêtiwasan sabab kenging bom latu. Kintên-kintên têngah dalu mêngsah ngoncati. Wontên hospitaal ingkang kadhawahan bom Jerman, ngantos damêl pêjahipun tiyang 19, tuwin wontên 52 ingkang kêtaton.

R.A.F. nêmpuh. Reuter tg. 20 Febr. martosakên, bilih R.A.F. nêmpuh palabuhan Brest kalihan Calais (Frankrijk). Kapal mabur wangsul tanpa wontên ingkang kêcicir.

Afrika lèr.

WADYA INGGRIS MAJÊNG. Reuter martosakên saking Nairobi tuwin Cairo, bilih kitha Mega ing Abessynie kidul sampun kacêpêng wadya Inggris. Kathah soldhadhu Italie ingkang katawan sarta pirantos pêrang ugi kathah ingkang kacêpêng.

Ing Ethiopie prajurit pribumi awit saking pambombongipun nata Haille Selassie sarta dipun abani para militèr saking Afrika kidul, sami nêmpuh kitha Ganzhila.

Ing tlatah Somali, wadya Inggris sampun nyabrang lèpèn Yuba, ndhêsêk prajurit Italie. Mêngsah kêpêksa ngunduri.

Balkan.

Rumanie tata-tata. Reuter martosakên saking Istambul, bilih para pangagêng militèr ing Rumenie sampun damêl tatanan pajagèn bêbaya gêgana. Bokmanawi kuwatos manawi dipun têmpuh R.A.F.

Saking Zurich United Press martosakên, yèn prajurit Jerman sampun nyobi marambah-rambah damêl krêtêg wontên ing Donau ing kiwa têngênipun kitha Giorgiu, bawah Rumenie, kangge margi yèn ing têmbe nêmpuh ngidul.

Sakubênging Lautan Pacific.

Sêsorahipun Chiang Kai Shek. Wontên ing sêsorahipun kala tg. 19 Febr. Jendral Chiang Kai Shek nêrangakên, yèn salêbêtipun pêrang 44 wulan punika Jêpang sampun kecalan saradhadhu 1.700.000 sarta wragadipun sampun têlas 18 milyard yen. Awit saking pêrang punika, rakyat Tiongkok ing bab pulitik lan punapa kemawon lajêng malah dados satunggal. Ewadene Jendral Chiang Kai Shek dèrèng marêm. Grêgêting kanasionalan kêdah saya dipun tikêli. Wontên mêngsah ingkang cakêt tur kêdah dipun tanggulangi saèstu, inggih punika pakulinan madat, main, madon, kalihan ngrampog, punika rakyat Tiongkok kêdah nyingkiri, lan sasagêd-sagêd prayogi gêsang ingkang prasaja.

Jêpang wontên kidul. United Press martosakên saking Bangkok bilih kala tg. 19 Febr. katingal wontên kruisêr Jêpang 15 ingkang wontên ing Golf van Siam.

Reuter martosakên, bilih para pangagêng Inggris ing Bangkok sami mrayogèkakên dhatêng tiyang-tiyang Inggris ing ngriku, supados nyingkirakên anak bojonipun saking Thailand.

Juru gêgana Frans. Domei saking Hanoi martosakên, manawi kala tg. 19 Febr. wontên opsir gêgana cacah 100 sampun dumugi ing Saigon mawi baita saking Frankrijk, sarta sampun sami kapapanakên padamêlanipun sadaya.

Kapal mabur kangge Singapura. Reuter martosakên saking New York, bilih wontên kapal mabur modhèl enggal cacah 200, ingkang pancènipun kakintunakên dhatêng Inggris, nanging lajêng kakintunakên dhatêng Singapura kangge ngiyatakên pajagèn.

Têmbungipun premier Menzies. Reuter martosakên saking London, bilih Menzies, premier Australie ingkang sapunika wontên ing London, nêrangakên manawi Australie badhe nanggêl bab pajagèn ing Singapura. Wangsulipun Menzies dhatêng Australie badhe mêdal Amerika.

--- 220 ---

Waosan

Trêsna ingkang Langgêng

Jorink: "Kang tak samarake apa, upama aku samara, apa bakal bisa murungake patiku. Lan kowe sumurupa, pati urip iku kang kagungan Pangeran, yèn patiku pancèn wis pinaringake mênyang panguwasane bangsamu, apa aku bisa anggondhèli. Kosokbaline, yèn uripku isih ana ngastaning Pangeran, sanadyan nyawaku korêbuta wong sanagara, ora bakal kalakon."

Utusan mirêng wangsulan kados makatên wau ngantos malêngak. Wusana lajêng mêdal kanthi suka tangan, minangka tandha urmatipun dhatêng tiyang ingkang dipun anggêp badhe dados têtumbaling nagari. Lawang lajêng jumêglèg minêp sakalangkung rapêt.

Ing wanci dalu, pêtêngipun salêbêting pakunjaran andhêdhêt, sagêd angrupêkakên pêtênging manah. Namung kala-kala kamirêngan sawabipun tiyang jagi ngogrèg-ogrèg kangge niti dhatêng kawontênanipun ingriku. Botên dangu katingal gêbyaring latu tuwin swaraning tiyang pating grênggêng, nandhakakên bilih pajagèn ing dalu wau dipun kêncêngi. Sasirêping tiyang ingkang sami jagi, Jorink dèrèng tilêm, namung tansah ngolak-alik gagasan kadospundi badhe kadadosanipun benjing-enjing. Ingriku gêntos kêmirêngan swaraning sato galak pating glêro kados ngubêngi capurinipun kadhaton. Swara ingkang kados makatên wau adamêl tintriming manah.

Swaraning sawung kluruk sapisan, kados anggugah Jorink saking anggènipun layap-layap badhe tilêm, gragap Jorink tangi lajêng ngadêg saha lajêng mlampah-mlampah kalihan mbanda tangan wontên salêbêting pakunjaran. Botên dangu anggragap mirêng swaraning kêndhang agêng dipun tabuh sarosanipun, kêndhang wau saya dangu saya cêlak, swaranipun sinarêngan pambêngoking tiyang kathah mungêl: hooh, hah, hooh, hah tanpa kèndêl, saya dangu saya umyung, wusana kèndêl wontên sangajênging pakunjaran.

Sajatosipun tiyang ingkang sami rame-rame wau mêthuk Jorink badhe dipun bêkta dhatêng papan pangisasan. Botên dangu lawanging pakunjaran kabikak, katingal wontên tiyang sakawan malêbêt dhatêng panggenanipun Jorink, kalih wontên ingajêng, kalih wontên wingkingipun malih ambêkta obor agêng, urubipun mulad-mulad amadhangi salêbêting pakunjaran. Ingriku Jorink sumêrêp cêtha dhatêng têtiyang ingkang sami wontên sangajênging pakunjaran, wontên ingkang bêdhiyan, wontên ingkang malangkêrik kalihan sês apipa panjang, kêlun-kêlun sajak dipun matakên sangêt.

Têtiyang ingkang malêbêt dhatêng panggenanipun Jorink tanpa nyabawa punapa-punapa, namung lajêng cêg nyandhak baunipun Jorink kabêkta mêdal. Samêdalipun Jorink saking pakunjaran, tinampèn ing surak rame saha wiwit ngungêlakên têtabuhan malih, ramenipun ngungkuli ingkang sampun, Jorink têrus kairing dhatêng papan pangisasan.

Ing kala punika Prabu Inu sampun lênggah sinewaka wontên ambèn wiyar, mangagêm kaprabon kabangsan, asangsangan siyunging kewan galak rinonce, tanpa rasukan, sariranipun katingal pating jlarèh bithêt-bithêt damêlan, lênggahipun jegang linemekan wacucaling singa barong. Wujudipun ngajrih-ajrihi, mèmpêr saupami dipun candraa kados raja dênawa. Ing satêngên nata, wontên neneman dêdêgipun jajag ngadêg anjêjêr nyêpêng waos ligan, inggih punika putra nata pambajêng nama Pangeran Kefat, polatanipun katingal mingut-mingut, kados tumuntêna nuwêk mêngsah, pancèn inggih punika ingkang badhe kadhawuhan amêjahi Jorink. Mila ing kala punika ingkang dados kêmbang lambenipun tiyang sanagari namung Pangeran Kefat, awit ingkang dipun anggêp badhe nyirnakakên kaliliping praja. Dene para putri sami wontên salêbêting kadhaton mriksani saking jandhela.

Ing wêkdal punika taksih pêtêng, ing papan pasinewakan ngriku pinadhangan ing obor ewon ngantos sumêblak kados raina. Saya ing plataran ingkang badhe kangge ngisas, padhangipun anglangkungi, wujudipun Jorink katingal nglela piyambak, ngadêg wontên têngahing plataran dipun apit-apit ing tiyang kalih.

Sarêng sêsulaking padhang sampun katingal, Jorink kadhawuhan ngajêngakên dhatêng ngarsa nata, sang prabu lajêng dhawuh: "Tampanên ukum pati kang tumiba ing awakmu, wutahing gêtihmu bakal gawe raarjaning nagaraku kene. Trimanên. Ayo lêkasana."

Jorink lajêng dipun bêkta dhatêng têngahing plataran, ingriku sampun dipun dêgi pathok santosa kangge ngêrut. Jorink lajêng dipun tutupi sinjang, nanging Jorink lajêng wicantên: "Bukakên, tutupe mripatku."

Tiyang ingkang tumindak ing damêl: "iki kanggo sarana nyuda mênyang kasamaranmu."

Jorink: "Aku ora samar, aku arêp wêruh kêpriye patrape bangsamu yèn niksa pêpadhaning urip."

Padhanging enjing sampun sumêblak, srêngenge sampun mèh jumêdhul, Pangeran Kefat lajêng majêng dhatêng papan pangisasan kalihan pitakèn dhatêng Jorink: "Genea mripatmu ora ditutupi?"

Jorink: "Apa kowe kang arêp matèni aku?"

Kefat: "Iya, aku. Barêng plêthèking srêngenge mêngko, tumbakku iki kang bakal nglantarake nyawamu mênyang jaman pati. Ulungna."

Jorink: "Têmbungmu kuwi mung dadi têmbunging tatakrama. Ana wong wis kaya ngene ndadak ditari kon ngulungne pati. Iku rak mung gumantung ana panguwasamu. Kowe ora usah nyamarake mênyang kaananku, yèn aku nyata samara, samarku iya mung sadhela. Wis ora usah ditutupi, tumamaning gamanmu tak sawange."

--- 0 ---

[Iklan]

--- 0 ---

[Iklan]