Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-01, #1645

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1930, #1645
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-01, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #354.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-02, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #355.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-03, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #356.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-04, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #357.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-05, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #358.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-06, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #359.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-07, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #360.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-08, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #361.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-09, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #362.
10.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-10, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #363.
11.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-11, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #364.
12.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-12, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #365.

Ôngka 4, 10 Ruwah Taun Ehe 1860, 11 Januari 1930, Taun V

Kajawèn

[Iklan]

--- [45] ---

Lampiran KADJAWÈN 11 Januari 1930 No. 4

KATRANGAN SAKING PAMARÉNTAH

ING BAB PRAKAWIS P.N.I

Salêbêtipun parêpatan Volkstraad dintên wingi Tuwan KIEWIET DE JONGE, wêwakiling pamarentah prakawis umum, mêdhar sabda kados ing ngandhap punika:

Tuwan Voorzitter.

Saking kawitan pamarentah sampun ngrumaosi kuwajibanipun tumuntên paring kêtêrangan dhatêng Volksraad ing bikakipun pêrêpatan punika, sabab-sabab ingkang anjalari pamarentah andhawuhakên nggropyok griya-griyanipun para panganjuring P.N.I. Pamarentah mangêrtos, bilih botên ngêmungakên Volksraad kemawon ingkang anggadhahi wêwênang kanthi samêsthinipun nampi katêrangan punika, ananging kêtêrangan saking pamarentah punika ugi pêrlu lan migunani tumrap sêling-sêrêping pamanggih. Pikajênganipun parêpatan punika supados sagêda enggal angsal katêrangan wau kadosdene ingkang sampun kasêbut ing mosinipun tuwan-tuwan Koesoemo Oetoyo lan sanès-sanèsipun, ingkang sampun katampi dening College van Gedelegeerden kala tanggal 3 wulan punika botên kanthi pilihan, ngêmungakên ngiyatakên sêdya ingkang sampun kalêbêt ing panggalihanipun pamarentah.

Ing katêrangan ingkang badhe kula wêdharakên punika kanthi mawas baku ingkang pêrlu kemawon. Langkung rumiyin kula badhe nêrangakên punapa ingkang dados timbanganipun pamarentah ngantos kêpêksa nindakakên pranatan kados ingkang kasêbut wau. Sasampunipun kula badhe nêrangakên kanthi satêmbung kemawon mênggah uwohipun kangge sawêtawis mangsa. Sarampungipun kula sumêdya suka wawasan cêkakan ing bab kawontênanipun sapunika, ingkang langkung pêrlu mênggah ingkang gêgayutan kalihan trajanging pamarentah tumrap pêrgêrakaning ra'yat ingkang tumindak dumuginipun samangke lan ing wêkdal ingkang badhe linampahan. Ing kala punika badhe dipun wontênakên wanci kangge amangsuli pitakèn-pitakenan ingkang dipun ajêngakên dening Tuwan Middendorp saha Tuwan Fruin, makatên punika ingkang kintên-kintên kenging dipun wangsuli.

Punapa, Tuwan Voorzitter ingkang anyêbabakên dene pamarentah andhawuhakên nindakakên panggropyokan ingkang kathah makatên?

Kangge amangsuli pitakenan punika, kaparênga kula ngèngêtakên rumiyin, kadospundi panggalihanipun pamarentah ing samangke wiwit nalika ngangkati tindakipun ing salêbêtipun taun 1926 tumrap pêrgêrakan extremist, lan kadospundi malih panggalihan wau dipun wangsuli kaping pintên-pintên ing pungkasan piyambak kanthi satêrang-têrangipun ing salêbêtipun parêpatan Volksraad ingkang kapêngkêr punika. Ing bagian ingkang kapisan kula sampun nyariyosakên lan ing bagian ingkang kaping kalih kanthi sêngaja kula wangsuli malih têtêmbungan-têtêmbungan kados candhakipun:

Têtiyang ingkang badhe nindakakên pêrgêrakan,, Uwal saking nagari Walandi' têmtunipun sampun nyumêrêpi, bilih propagandha ingkang katindakakên kalayan saèstu murih idham-idhamanipun,,Uwal saking nagari Walandi' enggal-enggal sagêda kalêksanan wau, têmtu badhe nuwuhakên bêbaya agêng rêrêsah lan gègèr-gegeran, dene ingkang kaanggêp kadosdene wohing trajangipun wau inggih punika wohipun ingkang rumasuk badhe sagêd kadadosan. Pamarentah kagungan pangajêng-ajêng, Tuwan Voorzitter, bilih para pangajênging ra'yat ing bab punika sagêda ngatingalakên pangêrtosan mênggah ingkang dados têtanggêlanipun. Pangêrtosan ingkang makatên wau dipun akêni dening Tuwan Dwidjosewojo tuwin Tuwan Middendorp manawi sampun nyêkapi, sanadyan gêgayutan kalihan bab-bab ingkang sanès.

Ananging manawi pamarentah ngantos kuciwa ing pangajêng-ajêngipun wau, manawi pamarentah amênggalih, bilih para pênganjur wau, bokmanawi jalaran saking botên purun utawi jalaran botên kuwawa, lajêng botên nyêgah pêrgêrakanipun awujud ngicuk-icuki utawi anggêgasah, sarta malih para panganjur wau botên nindakakên pambudidaya kanthi têrang-têrangan kangge ngicalakên pamanahan-pamanahan badhe ngawontênakên gegeran, botên wande pamarentah badhe ngêcakakên panguwasanipun saha badhe nindakakên pranatan ingkang kêras tumrap para pênuntun, makatên ugi sagêd kalampahan tumrap pêrgêrakan-pêrgêrakan. Sasampunipun pêpeling ingkang pungkasan punika, Tuwan Voorzitter, manawi kalajêng-lajêngakên lampah ingkang lêpat punika, wusana sagêdipun inggih namung lajêng katindakakên."

Wiwit nalika kula ngucapakên rêmbag-rêmbag ingkang kula pratelakakên wau, wontên sawênèhing panuntun P.N.I. ingkang sayêktosipun sampun rambah-rambah ngajak pangiringipun supados sampun ngambah margi kakêrasan tuwin ngajak nindakakên rekadaya kangge nêmbadani cipta-ciptaning pakêmpalan wau kanthi margi ingkang miturut undhang-undhang. Ewadene wontên malih panuntun-panuntun sanèsipun lan ugi panuntun kasêbut wau, nanging ing sanès wêkdal, ingkang namung kèndêl

--- [46] ---

kemawon, manawi mirêng suwara-suwara ingkang sanès, utawi ing cursus-cursus lan ing parêpatan-parêpatan umum rêmbagan kanthi pitêmbungan-pitêmbungan ingkang kajêngipun têtela ngicuk-icuki, sanajan sadaya wau botên nêrak undhang-undhang. Dene rêmbag-rêmbag wau inggih punika rêmbag ingkang ngêsorakên pamarentah ingkang sah wontên ing tanah ngriki, lan nacad dhatêng punggawa-punggawanipun. Kajawi punika botên kirang malih ingkang ngêdalakên ginêm-ginêm ingkang nuwuhakên pangraos, bilih pamarentah wau tumuntên badhe sirna. Cara ingkang kados makatên wau sampun dipun adani, saya malih tumrapipun Priyangan Têngah, raos-raos ingkang ngalitakên manah tuwin ingkang nuwuhakên pangajêng-ajêng ingkang botên-botên. Jalaran pangraos ingkang kados makatên wau dangu-dangu nuwuhakên raos bêntèr, kadosdene kêkiyataning alam pêjah ingkang ing têmbe wingkingipun mbalêdhos. Ananging botên sagêd nêdahakên dayaning têtiyang sintên-sintên.

Salêbêtipun pamarentah nimbang kadospundi marginipun sagêd ngicali kawontênan ingkang sakalangkung nguwatosi mênggahing pamarentah wau, ing wêkasaning wulan kêpêngkêr wartos-wartos ing bab jêblukan ingkang badhe katêmahan punika dumugi ngarsaning Hoofdparket.

Wartos-wartos ingkang kados makatên punika sampun waradin kêmirêngan sataun têrus, ananging sumêbaripun botên gandhèng satunggal kalihan satunggalipun. Makatên ugi salêbêtipun taun kapêngkêr palapuran ing bab ura-uru ingkang badhe tumindak ing taun 1930 sampun dipun tampèni langkung saking sapisan. Wartos-wartos ingkang kados makatên punika kêdah dipun titi nyatanipun. Nanging salêbêtipun wulan December ucap ing bab ura-uru wau tansah saya kathah, tuwin sami mratelakakên wêkdal-wêkdal ingkang têtêp wontên sacêlakipun utawi wontên ing dintên taun baru 1930. Ing wêkdal punika, pawartos wau botên kaanggêp kabar angin malih, kaanggêp pawartos kanthi tandha yêkti anyêkapi. Salêbêtipun pintên-pintên minggu Hoofdparket tampi wartos, saking Jawi Kilèn kemawon botên kirang 50, ingkang kathah satunggal-satunggalipun gadhah waton ingkang pantês kawigatosakên. Pawartos wau mèh sadaya ngengingi P.N.I. Pêpèngêt-pêpèngêt ing bab tuwuhing tindak kuciwa, mirid kawontênanipun tamtu asli saking têtiyang ingkang sumêrêp, kamirêngan pintên-pintên golongan, makatên malih katrangan-katrangan prakawis suka pangajêng-ajêng ingkang nênarik manah, upaminipun linêpatakên ing paos, anggadhahi griya-griya gêdhong, arta kropyok tuwin sanès-sanèsipun, bilih tiyang malêbêt ing pêrgêrakan punika. Manawi wontên tiyang têtela botên purun malêbêt, dipun pêksa lan dipun ajrih-ajrihi. Tandha-tandha ingkang kados makatên punika, rumiyin ugi sampun katingal ing sadèrèngipun kadadosan ura-uru ing taun 1926, dados sasmita tuwuhing ura-uru enggal, ngantos ing pintên-pintên panggenan sawênèhing para warga sami nilar P.N.I., sanajan sami dipun cêgah.

Sampun têtela sadaya wau jalaran saking aksining pakêmpalan P.N.I sami angêntosi karampunganipun, ingkang botên sami purun nanggêl jawabipun.

Mirid kawontênan kadosdene ingkang kula andharakên wau, Tuwan Voorzitter, cêkakipun tamtu pamarentah botên sagêd nanggêl, bilih salajêngipun ugi nêtêpakên tindak sarèh. Kalayan lampah makatên, pamarentah kêsupèn dhatêng kuwajibanipun ingkang langkung prêlu, inggih punika ananggêl kasantosan tuwin kasênênganipun para tiyang siti. Botên kenging katimbang malih, mega ingkang kêmpal kêdah dipun saput ing angin rumiyin, sanajan dèrèng kantênan tandha-tandha ingkang badhe kêpanggih badhe nocogi kalihan kabar-kabar lan katrangan-katrangan wau ing sacêkapipun. Bab punika botên kenging kasumênèkakên ngantos sagêd kêlampahan wontên gegeran ingkang kawartosakên wau.

Kajawi punika tumrap justitie sampun wontên pintên-pintên prakawis ingkang nyêkapi kangge nindakakên ngupados katrangan. Ingkang makatên wau jalaran saking pandakwan, bilih sampun kêlampahan pêndamêl ingkang awon, inggih punika botên namung nglanggar ing bab 108 W.v.S (parêpatan badhe ngawontênakên amuk-amukan), makatên malih ing bab 169, ingkang ngawisi dados warga satunggiling pakêmpalan, ingkang gadhah sêdya badhe nglampahakên pandamêl awon. Kadosdene satunggiling kuwajiban ingkang kadhawuhakên ing undhang (wèt) tumrap justitie tuwin politie, manawi wontên pandakwan ingkang adhêdhasar tumuju dhatêng salah-satunggiling pandamêl awon, badhe nindakakên panaliti, bab prakawis punika inggih tumindak malih kuwajiban ingkang kasêbut wau.

Bab punika ugi kalêbêt pandamêlan politie anyêgah pandamêl awon. Jalaran paukuman ingkang katêmtokakên tumrap têtiyang ingkang sumêdya ngawontênakên amuk-amukan saha ngawontênakên pakêmpalan ingkang ancasipun badhe damêl piawon, punika têtela amêngku pikajêng anyêgah lampah awon.

Pramila panindaking pamarentah, botên namung anurut wèt kemawon, nanging ugi kados ingkang sampun kacariyos wau, botên kenging botên kêdah katindakakên kangge nyêgah kadadosan-kadadosan kados ingkang sampun kalampahan kala taun 1926.

Pamarentah pitados, Tuwan Voorzitter, bilih sadaya ingkang sami sumêdya andamêl panaruwe tumrap lampahing gledhahan-gledhahan ingkang mêntas katindakakên punika, sami angakêni sayêktos-yêktosipun kuwajiban pamarentah angayomi têtiyang siti saking bêbaya ingkang badhe andhatêngi, kados ingkang katêrangakên wau. Para têtiyang punika tamtu badhe mangrêtos tuwin angakêni, bilih tindak sarèh punika botên ngêmungakên botên salaras kalihan têtanggêlaning pamarentah kemawon, nanging ugi gantos badhe awujud provocatie, angajak-ajak (amêmancing). Kalayan angsal-angsalaning pawartos-pawartos ingkang lêrês

--- [47] ---

tuwin kenging dipun pitados punika, pamarentah namung kêdah anindakakên kuwajibanipun.

Saking kaluhuranipun kuwajibaning pamarentah punika, Tuwan Voorzitter, têbih sangêt kalihan wontênipun karangan ing Het Indische Volk, ingkang kasêbut wontên ing pitakenan ingkang pungkasan saking Tuwan Middendorp, inggih punika karangan ingkang nêrangakên kados-kados pamarentah sampun kapêksa dening golongan "têngên" ing sajawi lan ing salêbêting kantor-kantor, punapadene kados-kados pamarentah sampun kasèrèt, inggih mawia ngawadakên satunggiling pakêmpalan ingkang dhêdhêlikan utawi botên.

Kajawi pandakwan ingkang kinandhêt ing karangan wau, ing ngriki kagambarakên malih, bilih tindaking pamarentah dhatêng P.N.I. punika satunggiling prakawis politiek. Gêgambaran punika, nitik andharan wau, babarpisan botên suci lan namung sagêd adamêl êru tuwin tanpa gunanipun ing pangrêmbag tumrap bab punika. Pranatan-pranatan ingkang katindakakên tumrap akêmpalanpakêmpalan. kasêbut sajatosipun prêlu kangge ngayomi têtiyang siti sadaya, saking pandamêlan-pandamêlpandamêlan-pandamêlan. ingkang awon.

Dene panggledhahan wau, Tuwan Voorzitter, sadèrèng-dèrèngipun pancèn sampun samêsthinipun, tumrap angsal-angsalaning pranatan wau, kangge sawatawis mangsa pamarentah kêpêksa nahan pawartosipun.

Sampun nyata anggènipun amilih saha ngawasakên punapa ingkang dipun kêmpalakên (dipun cêpêng) salêbêting wêkdal ingkang namung sakêdhik sasampuning tanggal 29 December kêpêngkêr punika, botên sagêd kalampahan, namung saperangan ingkang sampun rampung samangke. Kajawi punika ingkang kêdah dipun wawas bilih sadaya wau nomêr sapisan dados prakawisipun justitie, tumrap angayomi gêsang sêsarêngan murih linuwaran saking piawon.

Bab angsal-angsalaning papriksan ingkang sampun sawatawis mangsa punika, samangke namung kenging dipun kabarakên bilih ing sawênèhing prakawis sampun kabuktèn kadosdene ingkang kakintên-kintên, ingkang anjalari tindaking pamarentah wau. Dados pangintên-intên bilih lampah piawon kasêbut wau, inggih punika sêdya nuwuhakên gegeran utawi tumut dados warga pakêmpalan ingkang gadhah niyat badhe nandukakên piawon, sampun katindakakên.

Tuwan Voorzitter, ing ngriki botên prêlu kula têrangakên malih, bilih pamarentah sasagêd-sagêd ing wêkdal ingkang sae punika badhe paring katêrangan ingkang langkung gamblang dhatêng Raad kawula (Volksraad) lan kados ingkang sampun-sampun, sasagêd-sagêd badhe suka sumêrêp kanthi blak-blakan dhatêng Raad punika.

Minangka panutup, Tuwan Voorzitter, kula badhe nglairakên têtêmbungan sawatawis kangge nêrangakên kawontênan ing wêkdal samangke punika. Nanging sadèrèngipun kula aturi ngèngêti dhatêng lêlabêtanipun Bestuur lan Politie, langkung malih dhatêng sèrsie ingkang njalari dene para tiyang siti tinêbihakên saking kadadosan ingkang kêdadak, ngantos panggropyokan ingkang kaprentahakên dening nagari sae panyadhiyanipun, ngèngingi sarta kalampahan tanpa rubeda punapa-punapa. Pamarentah ngrêtos saèstu kados punapa awrating pandamêlan tuwin pambudidayanipun Bestuur, Politie tuwin sèrsie, ngantos dumugi pangagêng ingkang inggih piyambak, langkung-langkung ing wêkdal ingkang kantun piyambak inggih punika jalaran saking pêrgêrakan P.N.I. Pamarentah sampun paring dhawuh dhatêng kula nyatakakên bilih pambudidaya tuwin pandamêlan wau dipun ajèni sangêt dening pamarentah. Jalaran saking kawontênaning pandamêlan ingkang makatên punika, sadaya para tiyang siti lajêng sami sagêd gadhah manah têntrêm, botên kuwatos badhe kaancam ing bêbaya malih.

Ewasamantên pamarentah babarpisan botên mêrêm tumrap sadaya kawontênan ingkang sagêd kalampahan botên kanthi kêrsanipun. Ingkang kapisan sangêt adamêl susahipun pamarentah dene ing pintên-pintên panggenan bupatipun botên pikantuk bagean ingkang pantês kangge sêdhiyan lan urusan nindakakên aturan ingkang kêdah kaêcakakên kanthi enggal-enggalan sangêt punika.

Kajawi punika papriksan ingkang kêdah samantên jêmbaripun lan ingkang kêdah katindakakên ing salêbêting mangsa ingkang sakêdhik sangêt, sagêd ugi dipun lampahakên nglancangi parentahipun Procureur-Generaal. Jêmbaring papriksan punika tuwuh saking timbangan bilih panitipriksa wau botên kenging lan botên sagêd ngêmungakên wontên ing golongan sakêdhik. Namung jalaran papriksan ingkang jêmbar makatên sagêdipun angsal katrangan sacêtha-cêthanipun.

Tuwan Voorzitter, miturut instructie saking Procureur-Generaal wau sampun katêmtokakên bilih panggledhahan punika namung kenging katindakakên ing griya-griya tuwin kantor-kantoring pêmimpin P.N.I. dhatêng badanipun sadaya pêmimpin wau, ing pundi panggenan ingkang kakintên sagêd ugi kangge dununging panyimpên barang wados lan ing gêdhong-gêdhong utawi panggenan ingkang dipun angge dening pakêmpalan wau. Ing salêbêting instructie wau botên wontên têmbung satêmbung-têmbunga ingkang nêrangakên bilih panggledhahan tuwin panyêpêng wau badhe katindakakên tumrap tiyang ingkang botên dados warga P.N.I. utawi ing gêdhong-gêdhong ingkang botên kangge utawi botên tumut kangge pakêmpalan wau.

Nanging miturut pawartos-pawartos sêrat kabar ing wiwitanipun wulan punika, wontên ugi warga pakêmpalan sanès utawi barang darbèkipun ingkang kasangkut ing pamriksan politie. Bokmanawi inggih pawartos-pawartos wau ingkang njalari dene motie Oetojo nyêbutakên tindaking pamarentah tumrap sawatawis pakêmpalan kabangsan.

Aksi ingkang makatên wau babarpisan botên kasêbut ing dhawuhing pamarentah. Timbanganipun pangadilan ingkang kasêbut ing ngajêng ingkang anjalari wontênipun dhawuhing pamarentah wau angawisi pangintên [pa...]

--- [48] ---

[...ngintên] bilih dhawuh wau ugi nuju dhatêng pakêmpalan-pakêmpalan pribumi, ingkang botên nuwuhakên pandakwan kadosdene P.N.I.

Awit saking punika, pamarentah paring katêrangan ingkang gamblang, babarpisan botên niyat badhe ngèngingi pakêmpalan sanès-sanèsipun kados ta B.O. Moehammadijah, Taman Siswo, Soerabaiasche Studie-Club utawi para tiyang ingkang sanès warga P.N.I. Lan pamarentah angajêng-ajêng sampun ngantos kêpêksa nindakakên ingkang makatên wau. Tuwan Voorzitter, racakipun punika botên katindakakên. Lêrês, saupami ing sawênèhing panggenan, wontên gêdhong-gêdhong ingkang dipun angge dening pakêmpalan-pakêmpalan kasêbut nginggil dipun dhatêngi politie, nanging miturut dhawuhing pamarentah sawêg kenging katindakakên manawi gêdhong-gêdhong wau upaminipun ugi dipun angge dening P.N.I. utawi saperangan dipun ênggèni warga P.N.I. utawi gêgayutan kalihan parte wau. Tuwan Voorzitter. Wontên conto satunggal. Miturut katêranganipun Studie-Club Soerabaja, politie sampun nglêbêti gêdhongipun. S babipun punapa? Sababipun gêdhong wau dipun ênggèni dening administrateuring Studie Club ingkang ugi dados panganjuring P.N.I. Ananging sarêng katêdahakên dening administrateur wau pundi lêmari-lêmari gadhahanipun P.N.I. sarta pundi ingkang dados darbèkipun Studie Club, archiefipun Studie Club botên dipun bikak dening politie. Makatên ugi sêrat-sêratipun club wau, kajawi sêrat sawatawis ingkang pinanggih ing bundhêl kalawarti Soeloeh Ra'jat Indonesia botên wontên ingkang kabêslag. Lan sêrat-sêrat wau ugi lajêng tumuntên kawangsulakên.

Tindak ingkang makatên wau miturut panggalihanipun pamarentah prêlu sêrta patut kawontênakên. Manawi ing sanès panggenan, kabêkta saking jêmbaring pangaturan ingkang ugi kêdah dipun tindakakên enggal-enggal, wontên bab-bab ingkang botên magêpokan kalihan P.N.I. ewadene dipun campuri dening politie, lajêng kula anggèngêtakênangèngêtakên. pangandikanipun pamarentah kados ingkang sampun kacêtha ing wawasan kula wau, bilih manawi ing satunggiling mangsa kaprêluaning umum kêdah kapayungan ing pangaturan ingkang kêncêng, sagêd ugi tiyang ingkang botên lêpat tumut ngraosakên dosanipun ingkang kalêpatan. Ugi sampun dipun emutakên, bab punika sampun ngantos dipun èmbèt-èmbètakên dhatêng pamarentah, ngêmungna dipun dhawahakên dhatêng para pangajênging ra'yat ingkang awit saking kirang mangrêtos dhatêng têtanggêlanipun amblosokakên dhatêng mitra-mitranipun.

Inggih badhea kados punapa kemawon, pamarentah sangêt karêranta ing galih, manawi lajêng wontên pangintên-intên pamarentah sampun aparing dhawuh ngawontênakên panggledhahan ingatasing pakêmpalan-pakêmpalan utawi para tiyang ingkang botên gêgayutan kalihan P.N.I.

Dhawuh kados makatên wau, Tuwan Voorzitter botên kenging dipun anggêp mêdal saking pamarentah ingkang kirang langkung kawan têngah taun ngagêm tindak ingkang sampun kasumêrêpan ing akathah.

Sintên ingkang sasampunipun mirêngakên katêrangan punika taksih kêkah kapitdadosanipun bilih dhawuh makatên wau saèstu mêdal saking pamarentah, têmtu gadhah pangintên, bilih tindakipun pamarentah dumadakan sampun ewah babarpisan. Pangintên ingkang makatên wau namung sagêd tuwuh saking panimbang ingkang sarwa kêsêsa sarta kapitadosan ingkang botên sampurna.

Sikêping pamarentah tumrap dhatêng pêrgêrakan ra'yat - kula dipun kuwasakênkuwasakakên. nêrangakên ingkang ngantos gamblang - têtap lan botên ewah. Inggih sikêp punika ingkang nyababakên pamarentah wau ngêdalakên dhawuh wau. Pamarentah tansah mbedakakên golongan ingkang ancasipun majêng alon-alon (evolutie) lan golongan ingkang ancasipun majêng kalayan kêsêsa (revolutie), pandamêl lan budidaya ingkang migunani tumrap pasrawunganing ngagêsang kalihan padamêlan ingkang mutawatosi lan adamêl risak.

Pamarentah tansah paring pêpèngêt bilih pamarentah botên amaringakên manawi pangraos badhe majêng kalayan kêsêsa (revolutionnair) punika ngantos mlangkah saking watês. Tansah dipun ajêngakên kuwajiban ingkang minulya, inggih punika paring pangayoman dhatêng sadaya ingkang ndadosakên katêntrêman lan karaharjan tumrap bangsa lan tanah, supados kalisa ing rêncana lan durjana.

Sapunika pamarentah ugi sampun nêrangakên kalayan gamblang mênggah watês-watêsipun padamêlan sociaal ingkang migunani lan ingkang ngrisakakên, padamêlan ingkang kalal kalihan padamêlan ingkang kêdah dipun tanggulangi tuwin dipun sirnakakên.

Jalaran saking wêwaton-wêwaton ingkang dèrèng nate dipun tilar dening pamarentah, cabang-cabang P.N.I. ingkang botên kenging dipun selaki malih mênggah agênging pigunanipun kangge ndandosi panggêsanganipun ra'yat sêsarêngan, botên badhe dipun sirnakakên, kajawi manawi papriksan majibakên sikêp sanêsipun.

Awit katêrangan ingkang têlas-têlasan punika sampun têtela wangsulaning pamarentah dhatêng pitakèn-pitakenanipun Tuwan Fruin punika: botên.

Nêlasakên katêrangan-katêrangan saking pamarentah, Tuwan Voorzitter, kula matur kanthi pangajêng-ajêng bilih sampun têtela pandamêlipun pamarentah ingkang katêrangakên ing ngriki punika, inggih punika pandamêl ingkang kêdah lan wajib. Pandamêl punika botên katindakakên, jalaran 'reactionnarie politiek' utawi ngangge sawênang-wênang, nanging pandamêl punika pandamêl justitie, pikajêngipun suka pangayoman lan kaadilan.

Dumugi samantên, Tuwan Voorzitter.

--- [49] ---

Ôngka 4, 10 Ruwah Taun Ehe 1860, 11 Januari 1930, Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Sungapan lèpèn Bedagai

[Grafik]

Ing ngingil punika gambaripun têtiyang juru misaya ulam wontên ing sungapaning lèpèn Bedagai, dene griya-griya ingkang katingal punika griyanipun têtiyang bôngsa Acèh.

--- 50 ---

Jagading Wanita

Raosing Pamanahanipun Priya Limrah

Ananggapi karanganipun sang pinunjul Siti Rusiyah, ing Kajawèn ôngka 96, ingkang wosipun ametani cidraning priya, awêwaton saking dêdongengan ingkang sajatosipun gêgayutan kalihan kawruh kabatinan, lajêng kapiagah kados sanyataning lêlampahan. Sarta lêlampahan padintênan ingkang rèmèh-rèmèh. Tur panimbangipun mawi traju ingkang mèncèng. Liripun, sami-sami dêdongengan, kenging punapa manawi anggènipun Dèwi Banowati botên sêtya ing kakung, botên kenging dipun wastani awon, sabab awrat dening katrêsnan lan kautamènipun priya sanès. Sarêng tiyang agung Menak têka botên sae. Cêr cidraning dhatêng pacanganipun inggih awrat dening kautamèning sanès.

Dene prakawis ambalenjani rêmbag ingkang rèmèh-rèmèh, ingkang kapangandikakakên sampun dados padatan lan ugi kalimrah, têgêsipun limrah padataning priya. Punapa anggèr Siti Rusiyah rêrewa utawi anjarag botên ngawuningani, cidraning rêmbagipun wanita limrah dhatêng kakungipun, ingkang minôngka sisihaning karanganipun wau.

Sajatosipun bab sêtya punika botên dumunung ing priya utawi wanita, namung gumantung asor luhuring kamanungsanipun, dados botên priya botên wanita, sadaya masthi gadhah kasêtyan ingkang kandêl tipisipun manut asor luhuring kamanungsanipun.

O, anggèr, sajatosipun sawêg ingkang nama priya limrah kemawon, botên wêntala ambèbèr cidra lan cacading wanita ing papan rame, ingkang satimbang karanganipun wanita pinunjul kados anggèr. Sanadyan kawiranganing wanita punika dados sêsanggèning priya. Botên jaman dongèng utawi jaman sapunika, punapa kirang kanyataanipun, sadhèrèk priya ingkang anêmahi wirang sangsara malah dumugining pralaya, saking anggènipun labêt anjagi camahing wanita. Punapa wanita limrah inggih makatên. Dadak malah angraosi awoning lakinipun kalihan tôngga, tur mangke manawi tangganipun tumut ngawon-awon, lajêng dipun wadulakên ing lakinipun, hara, hla, rak rèwèl manawi makatên. Sampun, sampun makatên, lo, anggèr, mindhak dipun aturi titêl, namung wanita limrah.

Wusana manawi wontên putra wayah wanita, ingkang anêrusakên pangumêl-umêlipun ing priya, kula botên badhe cawe-cawe malih, sabab kula sampun matur botên mêntala amêlèhakên tindaking wanita ingkang nama awon. Kajawi ingkang namung nama kalintu, dados kenging kalêrêsakên.Sampun makatên kadadosanipun rêmbag ingkang mawi gêgondhelan pangothakan sasisih. Witing rêmbag nacad cidraning priya, lajêng wontên ingkang kirang nayogyani, dipun wangsuli pamêlèh dhatêng priya, tamtu kemawon lajêng wontên pamêlèh kosokwangsulipun. Sarèhning karanganipun Tuwan D. Prasonta punika, mila kajugag samantên kemawon.

D. Prasonta

--- 51 ---

Bab Tanêman

Anggrèk

Para maos tamtunipun inggih sampun sami uninga, ingkang dipun wastani anggrèk, punika bôngsa rumput têtuwuhan ing wana, limrah kangge pêthetan, bôngsa Walandi kathah ingkang sami rêmên. Gêsangipun kados kêmladhehan, inggih punika nemplok ing kêkajêngan, nanging wontên ugi bôngsa anggrèk ingkang tuwuh ing siti, kawastanan anggrèk siti. Jinising anggrèk wau inggih warni-warni, beda-bedaning wujudipun sami gadhah nama piyambak-piyambak, ingkang sêkaripun biru kawastanan anggrèk biru, wungu, jêne, abrit, lan sapanunggilanipun. Simbar, punika inggih bangsaning anggrèk, nanging botên patos pinilala. Anggrèk-anggrèk wau limrahipun ingkang kathah ing wana agêng.

Wondene ingkang badhe kula cariyosakên ing ngriki, inggih punika anggrèk wulan, anggrèk wulan wau sawênèhing tiyang amastani anggrèk kupu, awit wujuding sêkaripun kados kupu, warninipun pêthak, ajèjèr-jèjèr dhêdhencengan urut ing gagang, manawi sêkar limrahipun ing môngsa ngajêngakên jawah. Sami-sami anggrèk, satunggal punika sêkaripun kiyat sangêt, botên purun gègrèk ngantos sawatawis wulan laminipun, mila lajêng kawastanan anggrèk wulan, umuring sêkaripun tarkadhang ngantos 4 dumuginipun 6 wulan sawêg anggègrègi, lajêng thukul malih dumunung ing gagang sanèsipun.

[Grafik]

Papan panggenaning pangupakaranipun anggrèk.

Kawontênanipun ingkang makatên wau murugakên kathah bôngsa Walandi ingkang melik, awit kapetang awis wontênipun. Tumrap tiyang ingkang sumêrêp ajining anggrèk wau, anggènipun ngrimati tansah dipun êmi-êmi saèstu, awit asring dipun upadosi dening bôngsa Walandi, manawi pancèn anggrèk wau sae, ing dalêm sarakit wontên rêginipun dasanan ngantos atusan rupiyah. Tur tumrap tiyang Jawi botên mêngku wigatos punapa-punapa, purunipun namung sak ngrimati. Dene yèn tumrap bôngsa Walandi, ingatasing sêkar anggrèk, pancèn katingal dipun aji-aji sangêt, prêlu kangge pêthetan, minôngka pasrèning gêgriya.

--- 52 ---

Mênggah pananêmipun gampil sangêt, inggih punika manawi manggih thukulaning anggrèk ingkang makatên wau, lajêng kalêbêtna ing taboning kalapa, kakêpyuran siti sawawatis, sabên dintên dipun sirami, tamtu enggal gêsang lêma, panyèlèhipun dipun gandhul-gandhulakên ing taritising griya, utawi kagandhulakên ing kêkajêngan, nanging sagêdipun sêkar dangu sangêt, watawis yèn sampun ngumur sataun utawi langkung. Benjing yèn mêdal anakipun, punika kenging dipun pêncarakên malih. Samantên mênggahing pêpêthetan ingkang nama anggrèk wulan. Benjing manawi wontên ingkang ambêtahakên, kenging dipun sade, wasana sagêd dados arta.

Nirrasa.

Tanah dalah Têtiyangipun

Sinoman

Ing apdhèling Nganjuk sisih lèr, wontên tatacara ingkang awis dipun sumêrêpi ing tiyang sanès nagari, dipun wastani sinoman. Katranganipun kados ing ngandhap punika:

Wiwit jaman rumiyin ing apdhèling Nganjuk sisih lèr, wontên rêrukunanipun para jêjaka, ingkang kawastanan sinoman. Sinoman punika dipun kêpalani salah satunggiling lare ingkang micara sarta sagêd momong kônca, sarta kêbayan satunggal. Mênggah pranatanipun makatên: sabên dhusun para jêjaka sami kawajibakên têtulung dhatêng tiyang ingkang gadhah damêl mantu tuwin sunatan, kapurih mêndhêt kajêng utawi godhong dhatêng wana, andamêl tarub, sasaminipun. Ingkang gadhah griya namung ngingoni thok, sadintên kaping tiga. Sabibaring damêl nyukani tumbasan sês sakadaripun.

Manawi nuju môngsa labuh para lare ênèm (sinoman) kasambat anggarap sabinipun lurah, yèn badhe tanêm kasambat ambanjari, ing môngsa panèn kasambat ngusung pantunipun lurah saking sabin. Dene epahipun: sabibaring tanêm dipun nayubakên. Sarta malih sabibaring panèn ugi kanayubakên malih. Kajawi punika, manawi pantun sampun kumêmping, lare-lare ênèm wau sami mêndhêt pantun ing bêngkoking lurah, lajêng kabêkta wangsul dhatêng griyaning lurah. Ing ngriku lajêng dipun êmping, dene ingkang ngêmping sadaya lare prawan. Yèn sampun matêng lajêng dipun dum para sinoman sarta para prawan. Mênggah bageanipun trakadhang sabathok utawi kirang.

Patraping nayuban.

Manawi nuju nayuban, para neneman sami nyuruhi sinoman môncapating dhusunipun. Dados inggih ngantos atusan. Lah ing ngriku ingkang kajibah nampi tamu kêpala sinoman. Makatên ugi tamunipun inggih sami manut miturut dhatêng lêlurahipun piyambak-piyambak. Manawi tamu sampun kêmpal sadaya lajêng wiwit nayuban. Ingkang

--- 53 ---

anjogèd rumiyin kêpala ing dhusun ngriku. Salajêngipun para kêpala sinoman, lajêng sadaya lare ênèm gêntos-gêntos. Manawi kasêlak rintên, ingkang anjogèd inggih ngantos tiga sakawan sêsarêngan angsal sampur. Dene manawi nglarèhi, punika wiwit sontên ngantos enjing sadaya para anèm sami anjogèd, ngantos kados dhawêt, botên ketang wontên tritisan inggih anjogèd pating kêthuwêl.

Kintên-kintên jam kalih wêlas sawêg dipun sêgah nêdha, dene ingkang nyêgah inggih lurahing dhusun ngriku. Sarta wragad gôngsa tuwin ringgit inggih lurah dhusun ingkang nyanggi. Ananging kawuningana, wragad-wragad sadaya wau mirah sangêt, namung kalih rupiyah, inggih punika namung minôngka panjêr. Epahipun ingkang mêsthi saking tombokipun para mudha wau. Dene tombokipun kathah-kathahipun sêtangsul. Angsal-angsalanipun saking lare samantên wau kathah-kathahipun kalih dasa rupiyah. Punika dipun êdum dhatêng ringgit saniyaganipun. Rekanipun manawi nayuban inggih mawi inuman, ananging inumanipun sanès jênèwêr, namung sêtrup, dados kênthinipun inggih isi abrit-abrit kados brèndhi.

Kundhisi.

Sadèrèngipun nêdha mawi kundhisi, dene ingkang kundhisi rumiyin kêpala sinoman ing dhusun ngriku. Kundhisinipun makatên: trita-trita siniwaka, kawi purwaning têmbung, lèmbèk-lèmbèk kang jalanidhi, kula nurunakên bumi kaping pitu klimah, klimah, klimahing Kangjêng Nabi Adam. Ya na dintên pitu pêkênan gangsal, wuku tigang dasa. Kula wêktu dalu ngabari kaping sapindhah, kaping kalih sampun dipun dhatêngi, lampahipun sarêng-sarêng kados lampahipun para priyantun. Lampahipun kirang enggal, sampun dumugi marga dhêndha cinatur, marga dalan, dhêndha prapatan, cinatur lêmêsing têmbung. Lampahipun kirang enggal, saengga dipun enggalakên malih. Sampun dumugi pundi, sampun dumugi nusantara. Nusagawang, antara latar. Lajêng kêpanggihan kêpala sinoman dhusun ... anu lajêng kula lêbêtakên, tratag rampat, kula lênggahakên lampit pêrmejan, kêtingal sumêdhèt abrit. Sampun lênggah jajar-jajar, kula wawas anèm sêpuh. Ingkang sêpuh kula wastani kakang, ingkang ênèm kula wastani adhi. Kakang tuwin adhi, wêkdal saking pasowanan kula wawas panganggenipun warni-warni. Ingkang rasukan pêthak kados kuntul nêba ing pasabinan. Ingkang cêmêng kados dhandhang mungging rambatan. Ingkang jêne kados sêkar plasa. Kêpala sinoman andhatêngakên sêntana-sêntana botên sagêd nyugata sêkul katingal pêthak, toya katingal wêning. Yèn kraos eca sampun kagunggung, yèn kraos botên eca sampun karêmbag. Lintu dintên mirêng kabar, yèn karêmbag, andadosakên pênggalihipun kêpala sinoman dhusun ... anu. Botên pindhah-pindhah ngêmban dhawuhipun kêpala sinoman dhusun ... anu ... Kula mulat mangetan botên kêtingal punapa-punapa, kajawi katingal kôntha ngadilaga. Kula wagêd ambasakakên kôntha ngadilaga, kôndhakantha. rêmbulan, ngadilaga mêndhung. Kula mulat manginggil botên katingal punapa-punapa, kajawi katingal lampu ginantung jèjèr-jèjèr, kula sagêd ambinasakakên manglung-manglung sêkaring gadhung, kantar-kantar [kantar-ka...]

--- 54 ---

[...ntar] urubing damar. Kula mulat, mawingking botên katingal punapa-punapa kajawi dalêmipun bapak kêpala ing dhusun ... anu. Kula wawas saking griya ngajêng warni-warni panginggilipun ponang tlisir. Pating glêbyar pating klêpyur kados konang arêbut papan. Kula mulat pêngajêngan, sami ningali sadhèrèk kula sêpuh anèm. Kula mulat mangilèn, botên katingal punapa-punapa, kajawi bapak wiyaga. Damêlipun mangku rancak, anjajar bonang, nglaras gêndhing: gambirsawit sapanginggil sapangandhapipun. Bapak wiyaga inggih samantên ugi, kula mirêngakên saking têpis iring. Kumêplak kêndhangipun, jumêgur suwantêning gangsane. Kula mulat kanan kering tuwin kiwa têngên, botên wontên punapa-punapa kajawi wontên kidang kancana sakêmbaran, kula kêdhèpakên lajêng ical, saicaling kidang kancana kantun wanodya sakalihan. Kula wastani prawan sanès prawan, kula wastani tandhak sanès tandhak, inggih tandhak ugi, kula sagêda nyôndra, inggih kula côndra-côndraa, botên kula côndra awon kula côndra saenipun. Dêdêg ringin kasungsang, polatan sagara ambalik, rema ngêmbang bakung, bathuk nyela cêndhani, alis nanggal sapisan, mripat bawang sabungkul, idêp tumêngèng tawang, sinom micis wutah, athi-athi ngudhup turi, grana amblungkang sumendhe, lathi jambe salining, pipi andurèn sajuring, waja ngêlar kombang, janggut nyangkal putung, tênggok ngêlunging jana, jôngga ngolan-olan, pundhak nraju mas, bau anggandhewa, èpèk-èpèk mayang mêkar, driji mêrit ngêri tanjung, bangkekan nglikasan kothong, bokong bathok mêngkurêp, pupu nyuthang gangsir, kentol pudhak sinumpêt, sikil anggamparan gadhing kancana. Sampun dumugi ngandhap kula panginggilakên, sampun dumugi nginggil kula andhapakên. Anggènipun mêkakan mêmanas ati. Manginggil botên mangandhap botên, dipun pêndhêt têngahipun. Prêmbayunipun kantar-kantar kados jambu drêsana. Ukêlipun gondhal-gandhèl kados cêngkir gadhing, nyêblok mancunge, nglingkap tapase, pêpês dangune. Lampahipun kados macan luwe. Lembehanipun mêrak kasimpir. Kala dalu punika kula dipun cêpêngi tôndha asta satunggal, punapa naminipun, gêlas alit, punapa isinipun, banyu wangi. Sanès banyu wani, inggih punika Arab anggur. Inggih punika sêtrup nomêr satunggal wêdalan saking pundi, wêdalan saking kitha Nganjuk, têrang saking dêlèr Bêtawi, uprup Surabaya. Dhatêng lumèngsèr wontên toko rêjasa, lajêng katumbas raka jêngandika kêpala sinoman dhusun ... anu. Lajêng kadamêl andhong-andhongan mangke dalu dintên ... tanggal ... wulan ... taun ... bapak wiyaga kula badhe nginum sêtrup satunggal cincim, kula aturi urmat. (Lajêng kêbogiro).

Sadaya punika namung kula turut saungêling lare ingkang ing dintên punika ugi dados kêpala sinoman. Mênggah ewah gingsiring pakêcapan miwah lêrês lêpating ukara sampun mêsthi tuna, amargi lare dhusun. Para nupiksa kula aturi anggalih piyambak kemawon.

Panitra pun Karsana.

--- 55 ---

Parêpatan P.P.I. ing Dintên Sênèn Sontên Tanggal 30 Dhesèmbêr 1929.

Ing dintên Sênèn sontên, parêpatan dipun wiwiti malih.

Nonah Sunaryati maos pêrslah redhaksi Isteri. Mratelakakên, kalawarti Isteri sawêg umur 8 wulan, wontênipun para wanita ingkang manjurung karangan namung sakêdhik. Salêbêtipun 8 wulan wau nampèni panjurung karangan 104 ingkang kapacak namung 76. Kalawarti wau katingal majêng, karanganipun kathah ingkang sae-sae, ewadene kathah ingkang mastani manawi kalawarti wau namung isi kawruh rèmèh, punika botên dados punapa. Dene wajibipun tiyang nacad punika kêdah ambiyantu murih saenipun. Pamêdhar sabda gadhah panuwun, supados kalawarti wau sagêd sumêbar dhatêng tôngga tapalih.

Nyonyah Suwita mêdhar sabda ing bab kamajêngan wanita Eropah kalihan kamajêngan Indhonesiah. Tumrap ing ngrika ajêngipun enggal sangêt, môngka ing jaman sèkêtan taun kapêngkêr, kawontênanipun botên beda ing ngriki. Manawi ngèngêti têtandhingan ingkang kados makatên wau, adamêl raos kawrataning manahipun para wanita Indhonesiah. Wontênipun pêrgêrakan ing jaman sapunika, botên liya jalaran saking kêdhêsêk kajênging jaman. Sarananipun murih sagêd ngêmori jaman wau, kêdah migatosakên pamulangipun dhatêng putra. Ingkang minôngka ihtiyar, kanthi ngawontênakên fonds. Pamêdhar sabda gadhah panyuwun, supados para kaum ibu sami tumindak dhatêng kamajêngan.

Nyonyah Gunawan sêmundhul marga sabda, ing bab tindak lampah awon, mawi dhêdhasar agami Islam. Pangandikanipun, sanadyan sami gêsang wontên ing jaman ewah-ewahan, nanging sampun ngantos nilar agami Islam, tuwin sumingkir saking kasusilan. Lampah jina punika têtela karam, mila bilih para kakung botên nêbihi dhatêng tindak wau, punika nandhakakên badhe ngêsorakên darajating kakung piyambak. Pamêdhar sabda tansah maos sêrat-sêrat kabar, kêrêp mrangguli ing bab wanita lampah awon kapatrapan paukuman, nanging jalêripun botên, punika nama botên ngadil. Pamêdhar sabda gadhah usul dhatêng konggrès, supados ngaturakên mosi dhatêng parentah, nyuwun supados lampah ingkang kados makatên punika ugi matrapi paukuman dhatêng tiyangipun jalêr kalihan tiyangipun èstri. Kajawi punika pamêdhar sabda sêsorah minôngka tuladha ing bab jalaraning tiyang èstri tumindak lampah awon. Bab makatên punika pamêdhar sabda gadhah pamrayogi, supados ing Batawi dipun wontênakên bale panggulawênthah wanita, ugi dipun kanthèni panggulawênthah batin, kalampahaning adêgipun, mugi wontên pambiyantunipun para kakung. Dene ingkang badhe tumindak ing damêl para wanita.

Nyonyah Sudarma Atmaja gêntos sumundhul, mratelakakên ing bab anggulawênthah lare. Kajêngipun pamêdhar sabda, lare punika sampun dipun kulinakakên [ku...]

--- 56 ---

[...linakakên] nyandhang ngangge sarwa sae, prayogi dipun tuntuni murih gadhah manah lantip, ingkang migunani dhatêng siti wutah rahipun tuwin bôngsa Indhonesiah. Pamanggihipun pamêdhar sabda, ing ngriki dèrèng wontên tuntunan ingkang sampurna, panggulawênthahipun kalèntu. Ing pamulangan-pamulangan dipun wontêni gambar-gambar, ingkang mujudakên asoripun bôngsa Indhonesiah. Kajênging murid tansah dipun alang-alangi. Kajawi wontênipun ing pamulangan botên angsal panggulawênthah sampurna, wontênipun sajawining pamulangan ugi manggih pakulinan botên sae, kados ta dipun ajrih-ajrihi, wusana lare lajêng alitan manah. Môngka tiyang alitan manah punika lajêng botên gadhah kapitadosan dhatêng badanipun piyambak. Mila bab panggulawênthah prayogi dipun dandosi.

Utusan Sancanarini ing Surakarta mratelakakên ing bab wajibipun lare Indhonesiah, kêdah anjangkêpi kêkiranganing nagari wutah rahipun. Dene sarananipun namung kêdah nindakakên cêkaping panggulawênthah. Donya punika kaupamèkakên gamêlan, satunggal-satunggaling gôngsa ricikanipun. Manawi badhe nêdya nyaèkakên larasipun, kêdah mungêl sêsarêngan. Dene Indhonesiah kêdah dados kêndhangipun, kêdah katabuh ngaplak, kêdah laras. Sasampunipun punika ngaso sêtêngah jam.

Lajêng katapukakên malih, Nonah Ismudiyati maos pêrslah bab administrasi Isteri tuwin mratelakakên ing bab têgêsipun Isteri. Badhe ngêdalakên Isteri nomêr konggrès.

Nyonyah Ayinah, utusan up bêstir Aisijah, ngrêmbag: margi pundi ingkang andumugèkakên kajênging kamajêngan. Tumindaking pêrgêrakan kêdah rukun, ngicalna kadrêngkèn, kêdah sabar. Tumindaking pêrgêrakan kêdah têtêp ajêg, tumindak sêsarêngan. Tindak makatên punika tamtu sagêd miyak pêpalang ingkang ngalang-alangi.

Ingkang mungkasi wakil Roekoen Isteri ing Jakêrta, ngraosi wanita pangajaran ing bab anggèning sêsrawungan kalihan wanita ingkang botên pangajaran namung wontên ing lathi, botên nêrusi batos, punika sampun ngantos makatên. Wusana pamêdhar sabda mêdharakên wilujênging P.P.I.

Sarèhning botên wontên ingkang dipun rêmbag malih, sèkrêtaris Nonah Suyatin mêdhar sabda ing bab karampunganing rêpat tutupan: ing sapunika nama P.P.I. kaewahan dados P.P.I.I. saking cêkakaning Perkoempoelan Perikatan Isteri Indonesia. Pakêmpalan punika botên gêgayutan agami tuwin pulitik, namung salugu dados bêbadaning pakêmpalan-pakêmpalan wanita Indhonesiah. P.P.I.I. ambudidaya ngêdêgakên sêtudhi pon, ngêdalakên sêrat kabar sarta dados juru pamisah manawi wontên pasulayaning pakêmpalan-pakêmpalan wanita. Ing parêpatan wau inggih damêl mosi katur parentah, supados parentah ngawontênakên awisan mêndhêt tiyang èstri tanpa nikah. Pamanggènipun up bêstir têtêp wontên ing Ngayogya, lêstantun dipun sêpuhi Nyonyah Sukôntha.

Kintên-kintên jam 11 parêpatan katutup, wilujêng ingkang pinanggih.

--- 57 ---

Waosan Lare

Sapu Ilang Suhe

I. Kaji Abdulgani lan Abdulah ing Plembang.

[Dhandhanggula]

Ana crita surasane bêcik / mêmanise kêna kanggo wulang / tur carita satêmêne / têgêse dongèng dudu / malah jênêng lagi saiki / kocap tanah Palembang / ana uwong cukup / saka gone anggaota / candhak kulak barang pamêtuning bumi / didol nyang tanah mônca //

uwis kaji jênêng Abdulgani / yèn ing kono iya wis kêwilang / sakampung wong sugih dhewe / duwe sadulur têlu / nanging êmung kocap sing siji / jênêng Bagus Abdulah / rupane abagus / wêdi nyang sadulur tuwa / ora beda mungguh tumrap Abdulgani / mênyang sadulur trêsna //

gone dadi wong tuwa nêtêpi / dadi liruning biyung lan bapa / sing wis padha tinggal suwe / kabèh padha dikukup / dituntuni saka sathithik / mênyang bab kawruh dagang / nganti padha baut / mula bab ananing donya / saya suwe ketoke saya andadi / sugihe andrêbala //

dhèk samana Abdulah mêmikir / bola-bali mung tanpa wêwêngan / priye mungguh kapenake / apa mung trima yutun / ora niyat mênthèrke ati / têgêse apa nrima / mung milu sadulur / ora arêp abêbakal / ngadêg dhewe carane golèk rijêki / kaya uwong wong lumrah //

gone duwe pikir ngono kuwi / awit saka Abdulah rumasa / bangêt apês ing uripe / bênêr ketoke patut / sadulure sugih ngluwihi / nanging mungguh Abdulah / ora pisan cukup / malah kapetung wong mlarat / kabèh-kabèh ambarabas tanpa kèri / donyane tanpa tilas //

ing batine nganti ngrasa isin / dene ora mèmpêr babarpisan / jênêng ora ngetokake / diwêngku ing sadulur / diwêruhke nyang tindak gêmi / nanging mungguh Abdulah / mung ana ing rêmbug / bab wêtuning bôndha gampang / bokmanawa jalaran saka ngèlingi / gampanging dhuwit têka //

ing sawise dipikir agilig / ing saiki nêdya arêp lunga / mênyang ing nagara seje / samana wayah surup / ambênêri bubar magêrib / Abdulah mara têka / arêp duwe tutur / mênyang sadulure tuwa / Abdulgani barêng wêruh ngawe nuli / diajak lêlinggihan //

ora suwe tumuli nakoni / ana apa Dulah kowe têka / dene kadingarèn thole / masthi ana gawemu / wis tutura bae tumuli / Abdulah nuli kôndha / balêkak-balêkuk / yêktosipun anu kakang / sampun dangu kula badhe matur mriki / nanging mung kapalangan //

saking ajrih yèn dipun dukani / nanging kakang samangke kêpêksa / kula matur sayêktose / manawi kakang rujuk / kula badhe dhatêng Batawi / ngupados panggêsangan / ngiras anênuntun / yèn manah sagêd kêbuka / bokmanawi ing têmbe kang anjalari / wêdaling têdha kula //

Kaji Gani mandêng tanpa muni / kêsaru wong ngladèkake wedang /

--- 58 ---

Abdulah nuli kon ngombe / ing sauwise tutug / kakangane alon nuturi / Dulah pikirên dawa / mungguh bab karêpmu / ora yèn aku mênginga / ananging yèn kopikir dawa sing masthi / kowe iya wis ngrasa //

kaya gonmu arêp lunga kuwi / ing wose rak arêp golèk pangan / nanging apa kurang kene / aku rak kakanganmu / bab anamu aku sing mikir / nadyan ora lungaa / harak ya wis cukup / yèn kowe anggêmènana / pamêtune gonku laku dagang iki / wis ora kêkurangan //

bab prakara thukuling rijêki / ing kiraku ngêndi-êndi padha / ora usah rana-rene / yèn niyat arêp cukup / rijêkine têka nututi / dene yèn pancèn bakal / tumiba barundhul / sanadyan dicêgat-cêgat / ora wurung bêgjane bakal sumingkir / lah kuwi èlingana //

lan yèn kowe gêlêma ngèlingi / wêwêlinge bapak sing wis swarga / sadulur kon rukun kabèh / lan bisaa ngalumpuk / dadi yèn ta nganti kêcicir / jênêng ora prayoga / ketok ora rukun / wis ta pikirên sing dawa / samubarang bisaa tinêmu bêcik / aja mung kaya bocah //

Gus Abdulah tansah mikir-mikir / nanging mêksa ora bisa suda / kêkêncênganing atine / nuli alon calathu: / inggih kakang pancèn prayogi / yèn têtêp sami kêmpal / nanging yêktosipun / mênggahing pamanggih kula / têmbenipun badhe botên mikantuki / pikiran botên pêcah //

mila kula kêncêng nyuwun pamit / kakang namung amangèstonana / kakang mugi marêngake / Abdulgani dhèk ngrungu / rada krasa jêroning ati / nanging ngêncêngi mêksa / awit wajib tutur / wusana tumuli kôndha / cilik mula kowe pancèn rada wani / mênyang sadulur tuwa //

ana uwis dikandhani nlitik / ora pisan angrungokke kôndha / anggugu karêpe dhewe / wis kono sakarêpmu / ya arêpa nyang jaban langit / aku môngsa bodhoa / wong jênêng tekadmu / nanging yèn kopikir dawa / masthi ora duwe niyat ngono kuwi / wis kana rasakêna //

Abdulgani nuli anglungani / Gus Abdulah ora bisa kôndha / mung ambrêbês mili bae / tumuli alon mêtu / têkan jaba wis wayah bêngi / mripate ora cêtha / saka ngêmbêng êluh / lan ngrasa atine bubrah / panampane bangêt gone disrêngêni / dening sadulur tuwa //

mêmbêg-mêmbêg Abdulah anangis / bangêt judhêg nganti narik napas / karo nyuwara mangkene: / kêbangêtên uripku / kaya sêsak ing jagad iki / dene dalah si kakang / malah milu nimbrung / nanging ya môngsa bodhoa / wong niyatku êmung arêp golèk bêcik / bèn ngêtokke pikiran //

Volksalmanak Jawi 1930

Ngaturi uninga Volksalmanak Jawi 1930 sampun mèh têlas. Sintên ingkang dèrèng mundhut kaparênga tumuntên mundhut, eman manawi ngantos katêlasan. Makatên ugi angèngêtana, sintên ingkang pamundhutipun kathah, inggih badhe angsal pituwas, miturut pêpetangan kados ingkang kasêbut ing sêrat sêbaran.

Bale Pustaka.

--- 59 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Ing Bab Pêrgêrakanipun para Wanita Indhonesiah

I

Garèng: Ora, Truk, sabubare konggrès wanita kiyi, dak sawang-sawang ulatmu têka pêtêng bae. Apa kowe gêla sabab bojomu Makne Si Kamprèt ana ing konggrès ora mèlu lèngsêng.

[Grafik]

Petruk: Bab Makne Kamprèt ora mèlu lèngsêng ana ing konggrèsing para wanita, kuwi aku malah bungah, awit aku rumasa wis bosên bangêt. Hla wong nèk nang ngomah kuwi Makne Kamprèt ora ana sêla-sêlane ya mung tansah lèngsêng bae, nganti amblêgidhig rasaning pikirku, kaya ta: yèn ulihku saka kantor rada kasèp sathithik, kuwi ya banjur lèngsêng: wong lanang, ora mikir yèn diêntèni mangan, mulih saka kantor iya sêmang tlencengan. Mênyang bêgadêring rada kêsuwèn, ya lèngsêng manèh: Masa iya bêgadêring nganti yah mene, mêsthine niliki simpênane. Apa manèh nèk dina blanjan, kathik balanjane ora jangkêp, sanadyan kurange mung sêtali pisan, Makne Kamprèt anggone lèngsêng ya nganti sêsasi muput têmênan. Mung kadhangkala bae lèngsênge rada kêpenak dirungokake, yaiku nèk pamit arêp nang Pasar Baru prêlu tuku bakal kulambi, utawa arêp nyowok dhuwite blônja kanggo andandani gêlange upamane, hla kuwi têmbungane ya nganggo: Nèk dhangan panggalih, ngono barang kae.

Garèng: Wiyah, kowe mono, ana-ana bae sing kok omongake, apa ya têmênan kang mangkono kuwi.

Petruk: We, hla, ya sayêktos têmênan, lo kuwi tumrape Makne Kamprèt, aku ora ngarani wong wadon liya-liyane. Mulane iya ora sabab saka anggone Makne Kamprèt ora mèlu lèngsêng, anggonku mênang-mênêng kiyi, nanging ana sabab liya-liya kang tansah dadi gagasanaku.

Garèng: Wèh, sajake kok wigati têmên, apa kowe anggagas arêp rabi manèh. Ati-ati lo, nèk kêpirêng karo pakumpulan-pakumpulaning para wanita, kowe sida ci ... la ... ka.

Petruk: Bab kiye nèk kanggone aku, malah wis ora klêbu nalar babarpisan, awit lagi bojo siji bae, aku wis rumasa ora

--- 60 ---

olèh papan. Nanging sing tansah dadi gagasanaku kuwi mungguh anane pêrgêrakaning para wanita ing jaman saiki kiyi, têka wis katon ngedap-edapi têmênan. Lima utawa sapuluh taun sing wis kapungkur, sapa ta sing duwe panyana, yèn priyayi putri ing saikine padha wani mêdhar sabda ana ing ngarêpe wong akèh, kayadene ana ing konggrès kiyi. Kiraku yèn pêrgêrakaning para wanita bisa têrus maju, apa kang disêdyakake, yaiku: ngudi marang kamardikaning bôngsa wanita, ora suwe manèh têmtu kalêksanan. Kosok-baline aku banjur kemutan piwulange Ki Agêng Tarub marang putrane wadon karan Dèwi Nawangwulan. Hla, kiyi tumrap ing jaman kamajuaning wanita kiye, têmtune iya banjur mung dipringake bae. Nèk aku ora klèru wêwarahe Ki Agêng Tarub nyang putrane wadon mau kaya-kaya mangkene:

Nawangsih sêsotyaningwang / aywa sira madalsumbi / nini kaliwat utama / wanita asih ing laki / watake tan kêtrini / wadon kang ambangun turut / pateplok ngawang-awang / wulanjar papat sadhuwit / dhudha pincang rêgane sawidak uwang //

Garèng: Sêtop, sêtop dhisik, Truk, piwulang kiyi pancèn iya bêcik, nanging ing jaman kamajuan kiyi mêsthine iya kudu ana owah-owahane, kaya ta: wanita kang utama kuwi, kudu asih nyang laki. Iki ya wis mêsthine, nanging iya ana bedane sathithik mungguhing jaman biyèn lan ing jaman saiki. Wong wadon ing jaman biyèn kuwi, nèk pancèn ora dhêmên têmênan karo lakine, tidhak bolih tidhak iya kudu dhêmên bae. Nanging nèk ing jaman kamajuan kiyi, kang mangkono mau wis mêsthi ora bakal bisa kalakon, awit, wong wadon wis mêsthi dhêmêne karo lakine, jalaran nalika arêp laki têmtune iya nganggo sarana barang, saranane kaya ta upamane: pêrlopêng, ensopurut. Banjur ana wêwarah: wong wadon kudu ambangun turut, iki iya pancèn bêcik, nanging nèk tumrape jamane wanita wis maju kiyi, piwulang kang mangkono kuwi, mêsthine ya dianggêp wis kalêbu museum. Awit, piwulang kiyi rak mung kanggo ngenaki wong lanang bae, nèk bojone ambangun turut, lanange banjur mung arêp: hêk, hêm, hêk, hêm, bae, wayah, kathik le enake dhewe. Nanging kosok-baline, wong wadon iya aja banjur mênthèng kèlèk, dumèh sing lanang gêdhe panarimane lan wis alus bangêt, sing wadon banjur ... nôngga bae upamane. Iki iya ora bêcik. Mungguhing panêmuku, sing utama dhewe kuwi: lanang wadon wajibe ya kudu êmong-kinêmong. Saiki unèn-unèn: wulanjar papat sadhuwit, wah, kiyi durung kinar, sèh. Pira bae para wulanjar sing dadi: klèrêk, ajung komis, lan sapêpadhane, dilamar priyayi-priyayi: mantri utawa liya-liyane, mung ngêmprêti bae. Dhudha pincang rêgane sawidak uwang. Iki mung arêp anggambarake yèn wong lanang kuwi, sanadyan tuwaa utawa pincanga pisan, iya mêksa ora angèl golèk bojo sing ayu sêngklik-sêngklik, dadi cêkake: nèk arêp niyat rabi, iya mêsthi payune, wah, kiyi kanggone jaman kamajuan kiyi, ya wis [wi...]

--- 61 ---

[...s] rada gèsèh, awit pira bae para mudha sing bagus-bagus, sing brêgas-brêgas, tur sathithik-sathithik duwe pangkat, ewadene sabab pangkate ora nganggo: têr, têr, iya mêksa ditampiki prawan bae. Hla, jalaran saka sabab-sabab sing wis dak kandhakake ing ngarêp, dadi cêtha wela-wela, yèn jalaran saka owahing jaman, kuwi iya bisa anjalari owahing samubarang liyane. Dadi sanadyana piwulang iya kudu diowahi miturut jamane. Mara banjurna, kapriye manèh piwulange Ki Agêng Tarub.

Petruk: marma ywa ngandêlkên sira / dumèh warnanta mantêsi / nanging manawa pêpeka / madal pasilaning èstri / nyuwiyah marang laki / papa bae kang tinêmu / beda nini yèn sira / sêtya tuhu bêkti laki / kotamanta dadi têmbang rêrawatan //

wus pinasthi ing jawata / samêngko uripmu nini / piduwung winêngku priya / paribasane ngênani / kawibawaning èstri / drajat katut swarga nunut / nyatane apa ora / sugih singgih ing pawèstri / wus têtela saking kêkucahing priya //

Garèng: Wadhuh, para kakung nèk mirêng piwulang kiyi, têmtune sanalika banjur nyirig-nyirig lan ngakak-ngakak, sarta banjur ngandikani garwane mangkene: krungu, jêng, swargane wong wadon kuwi mung nunut, mulane kowe sing bêkti nyang aku, nèk arêp mêtu saka ngomah kudu pamit nyang aku dhisik. Nanging batose priyayi kakung mau: prêlune nèk aku nyang ngêndi-êndi, cikbèn aja nganti kêprêgok. Wis, wis, liya dina bae padha dibanjurake.

[Grafik]

Up bêstiring pakêmpalan Budi Utama nalika konggrès wontên ing Surakarta manggèn ing abipraya, saking kiwa manêngên: R.T. Dr. Wedyadiningrat, panitya; R.M.H. Wuryaningrat, mudha pangarsa; M. Suteja, panitra II, R.M.A.A. Kusuma Utaya, pangarsa, Mr. Dr. R. Supama, panitya, R. Slamêt, panitya sarta Ciptadi, artaka.

--- 62 ---

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Dèrèng dangu punika ing Bêkonang (Surakarta) wontên tiyang èstri bôngsa Jawi kacêpêng jalaran konangan anggènipun damêl arak. Kawontênan punika ragi lucu sarta nganèh-anèhi. Mênggah têrangipun makatên:

Parentah ngundhangakên, pulisi ingkang sagêd ngonangi tiyang damêl arak badhe tampi ganjaran. Bab punika sampun damêl kumêcêripun satunggiling punggawa sêpiyun pulisi. Rèhning ing pundi-pundi sampun gusis botên wontên pabrik arak malih, mila piyambakipun lajêng ngojok-ojoki satunggiling tiyang èstri bôngsa Jawi ingkang rumiyin sampun kêrêp nindakakên padamêlan punika ing satunggiling dalu kapurih damêl arak supados kacêpêng dening pulisi. Minôngka lêlintuning paukuman kunjara, piyambakipun badhe kaujuran f 20.- mêndhêt saking arta ganjaran. Kalêksanan, tiyang èstri wau saèstu kacêpêng dening pulisi saking paturanipun sêpiyun wau. Nanging wusananipun, paukuman kunjara ingkang kadhawahakên botên saminggu, malah tigang wulan. Dayaning arta punika pancèn angedap-edapi sayêktos.

Wontên kabar, pola-pola gapura ing gladhag, Surakarta sampun kapitongtonakên. Ingkang kakêrsakakên dening Ingkang Sinuhun pola damêlanipun Tuwan Schenkenberg van Nierop ing Surabaya. Miturut timbanganipun kumisi dhawah pris nomêr kalih, dados sanès pola damêlanipun Tuwan Cleton ing Ngayogya. Ingkang dhawah pris nomêr satunggal. Benjing tanggal 13 Januari kumisi wau badhe parêpatan malih prêlu nêtêpakên pola pundi ingkang saèstu katindakakên sarta badhe kapasrahakên dhatêng sintên.

Ing Têgal wêkdal samangke sawêg usum lalêr, adamêl gigu sarta susahipun têtiyang sadaya, langkung-langkung ing pêkên-pêkên. Para maos kados botên kêkilapan bilih ama punika nguwatosi dhatêng kasarasan, sagêd nularakên sêsakit warni-warni.

Kawartosakên P(artai) S(arekat) I(slam) kalihan P(ersatoean) C(hauffeur) benjing tanggal 24 dumugi 27 Januari ngajêng punika badhe adamêl konggrès sêsarêngan wontên ing Ngayogya. Ingkang badhe karêmbag ingkang wigatos piyambak inggih punika bab anggènipun badhe ngêdêgakên vak-centrale tumrap kaum buruh tiyang pribumi. Tuwan H.A. Salim badhe sêsorah bab lêlampahanipun dhatêng Eropah, Tuwan Dhoktêr Sukiman bab agami Islam tuwin pêrgêrakan kamardikan.

Wiwit tanggal 3 Januari punika Kaderschool ing Magêlang sampun tapak angadani kursus enggal malih. Cacahipun murid calon brigadier murid enggal kalihan murid tunggakan sadaya wontên 101, dene murid calon sêrsan wontên 78, ingkang 58 kagolong murid tunggakan.

Miturut pawartosipun Ind. Crt. Parentah wêkdal samangke sawêg amanggalih badhe ngirangi wontênipun pangkat residhèn ing tanah Jawi sarta apdhèling-apdhèling ingkang botên patos wigatos badhe kagemblokakên kadadosakên paresidhenan ingkang langkung agêng.

Tuwan G. Pastor insêpèktur Kantoor van Arbeid mêntas dhatêng Jawi Wetan prêlu naliti sabab-sababipun kathah kuli ing kabudidayan ingkang nyobi amrêjaya asistèn kêbon bôngsa Walandi. Sagêd ugi sarampunging pamriksanipun ing ngrika panjênênganipun lajêng tindak niti priksa kawontênanipun kabudidayan sawatawis ing Jawi Têngah.

Antawisipun tanggal 29 Dhesèmbêr kalihan tanggal 4 Januari punika ing Bandhung cacahipun tiyang ingkang katrajang sêsakit pès wontên 6, ingkang 3 kalajêng pêjah.

Ing griya sakit gêmintê ing Sukabumi ugi mêntas wontên satunggiling bôngsa Tionghwa sakit, asli saking Cianjur ingkang kalajêng ngajal. Sarêng katitipriksa têtela manawi piyambakipun katrajang sêsakit ingkang anggêgirisi wau.

Nalika tanggal 4 Januari ingkang kapêngkêr punika ing kamar bolah ing Bogor kawontênakên pasamuwan minôngka mèngêti adêgipun Dep. Van Landbouw. Nijverheid en Handel jangkêp 25 taun, dipun jênêngi dening Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana, sadaya warga Raad v. Indie, dhirèktur dhepartêmèn-dhepartêmèn, lègêr komandhan tuwin priyagung tamu sanès-sanèsipun. Sakonduripun Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana para tamu lajêng asung pamuji raharja dhatêng Dr. Bernard dhirèktur dhepartêmèn kasêbut nginggil (K.P.).

Wontên pawartos, ing dhusun Pênjalin (residhènsi Têgal) badhe dipun wontêni wadhuk agêng kangge kaprêluanipun kabudidayan gêndhis tuwin têtiyang siti ing salêbêtipun residhènsi Têgal. Sadaya waragad kasanggi dening kabudidayan kabudidayan wau, ingkang minôngka lêlintu kaparingan palilah dening nagari anjêmbarakên tanêmanipun rosan, tumrap satunggal-satunggaylipunsatunggal-satunggalipun. kabudidayan 800 bau.

--- 63 ---

Java Bode satunggiling sêrat kabar Walandi ingkang kawêdalakên ing Batawi kabekot dening Spoorbond gêgayutan kalihan padudonipun pakêmpalan punggawa sêpur kasêbut nginggil kalihan S.S. malah nalika Java Bode badhe ngawontênakên têtingalan Spoorbond adamêl bayawara, ingkang wosipun mênggak warganipun, sampun ngantos ningali têtingalan wau.

Wontên pawartos, salah satunggaling bupati ing Surakarta ingkang ngasta padamêlan, insêpèktur pajêg ing Kasunanan sarta ing gupêrmenan, nyalingkuhakên arta kathahipun f 2000, bupati kasêbut nginggil sampun ngakêni kalêpatanipun.

Saking Bogor kawartosakên, bilih ing ngrika sampun kawontênakên kumisi ingkang tujuanipun badhe ananggulangi sarta ambengkas wontênipun lintah dharat (wukêr).

Saking Bandhung kawartosakên, bilih P(erhimpoenan) B(eambte) S(poor) dan T(ram) anyêbar wara-wara minôngka mèngêtakên bilih pakêmpalan wau babarpisan botên magêpokan kalihan pulitik. Manawi wontên amtênar sêpur utawi trèm kagledhah utawi katahan dening pulisi, bab punika botêna gayutan kalihan P.B.S.T.

Wontên kabar bilih pamarentah benjing pambikaking parêpatan polêk rad ing ngajêng punika badhe paring katêrangan sabab-sababipun kala tanggal 29 Dec. ingkang kapêngkêr punika ngawontênakên panggledhahan ingatasing golonganipun pangajêng-pajênging pakêmpalan pulitik ing saindênging Indhonesiah.

Sampun dangu kadhistrikan Margasari tuwin Bumijawa tansah kaambah sêsakit pès kemawon. Samangke sêsakit ingkang ambêbayani wau katingalipun sampun mêndha botên mrèmèn malih awit saking pambudidayanipun ingkang wadana ing Bumi Jawa, manawi wontên tiyang ingkang ngajal jalaran katrajang pès barayatipun sadaya lajêng kaparingan jampi arak, obat kacampuran ragi sakêdhik minôngka panulaking sêsakit wau, sampun ngantos katularan. Rupinipun jampi ingkang prasaja wau mustajab sayêktos.

Kawartosakên, dèrèng dangu punika maskape H.A.P.M. ing Dhèli ngawontênakên pandadaran basa Jawi tumrap asistèn-asistènipun, ingkang lulus wontên sawatawis. Maskape kasêbut nginggil sampun sataun laminipun ngawontênakên kursus basa Jawi tumrap para asistèn kêbon.

Kala tanggal 4 Januari malêm Akad ingkang kapêngkêr ing Surakarta kawontênakên parêpatan manggèn ing abipraya prêlu ngrêmbag ancas tuwin tujuning Volksuniversiteit ingkang badhe katapakakên ing dintên Akad punika. Ingkang nyuwun malêbet dados murid sampun kathah, têtela manawi rakyat taksih ambêtahakên sangêt dhatêng pangajaran. Botên langkung Kajawèn ugi tumut mêmuji widadaning adêgipun Volksuniversiteit wau.

Benjing tanggal 13 Januari punika, pasar agêng ing Surakarta ingkang kadhapuk sarwi gagrag enggal badhe kabikak. Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan sakalihan Kangjêng Ratu Hêmas ugi badhe têdhak anjênêngi. Pasar ing alun-alun badhe kabongkar kangge ngêdêgakên pasar ing sanès panggenan.

Gêgayutan kalihan lèrèhipun dhoktêr kraton ing Surakarta Tuwan Dr. Prawiranata ingkang kawisudha dados gêgêntosipun Tuwan Dr. Arjadipura.

Kawisudha dados dhoktêr kraton (dhoktêr dalêm) Tuwan Dr. Sudirman, kapatêdhan pangkat ondêr rêgèn sarta kaparêngakên ngagêm asma: Radèn Tumênggung Sumadipura.

Wangsulan saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 469 ing Guci Alit. Aksara T.R.D. ing pojokaning gambar ingkang kawrat ing Kajawèn, punika cêkakaning Topografische Dienst, inggih punika ingkang damêl klingsènipun.

Lêngganan nomêr 117 ing Surakarta. Redhaksi Kajawèn botên sagêd ngaturi katrangan pitakenan panjênêngan. Awit pitakenan ingkang kados makatên punika botên gêgayutan kalihan prêluning Kajawèn, kados panjênêngan sagêd pitakèn dhatêng sanèsipun.

Lêngganan nomêr 4670 ing Sala. Gambar ingkang kapacak angsal pituwas, nanging karangan botên. Kajawèn punika kalawarti, botên nindakakên pakabaran kados sacaraning kabar padintênan.

Tuwan Kasnawi ing gang pinggir Sêmarang, kintunan panjênêngan gambar 5 iji, sampun katampèn. Ingkang 3 kapêndhêt badhe kaêwrat ing TajawènKajawèn. nomêr lêbaran. Ingkang 2 kakintunakên wangsul.

Tuwan Karsana ing Nganjuk, karangan panjênêngan bab sinoman kapacak ngintuna sambêtipun sanèsipun botên. Gambar kapêndhêt 2 badhe kapacak ing nomêr lêbaran, sanèsipun kakintunakên wangsul.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 3990 ing Bojong. Pambayaran ingkang sampun kula tampèni dumugi wulan Januari punika, dados tumrap kuwartal punika kirang f 1.-

Lêngganan nomêr 4549 ing Rambung Estate, ngalamatipun makatên: onderwijs bureau "Republican" Bandoeng, buku badhe tumuntên kakintunan.

Lêngganan nomêr 2486 ing Surabaya. Inggih mèmpêr kemawon manawi lajêng dhobêl, krana namaning apsèndêr botên kados adat. Mila lajêng kalêbêt tiyang enggal.

--- 64 ---

Wêwaosan

Rara Rêjêki

Karanganipun Radèn Lurah Sastrayagnya ing Surakarta

2

[Sinom]

Wong apa sudi garwèngwang / ni rôndha kagyat tyasnèki / kang putra rinangkul sigra / pinithing dipun arasi / sarwi wacana ririh / dhuh dhuh putraku wong ayu / lali yèn titah sira / gaibing Allah tan kêni / tanpa nyana yèn molahkên titahira //

mula nini tutur ingwang / nadyan samêngko sirèki / dadi gêguyoning janma / kurang sandhang kurang bukti / nanging ywa mlupuh nini / sira gêdhèkna piangkuh / gayuh kotamaning tyas / kanthi panuwun Hyang Widhi / mrih tumiba lêlakon dadi unusan //

wis wêngi nini nendraa / mundhak angrêrèncèk ati / wong loro sampun anendra / byar enjing bok rôndha tangi / nulya pamitan siwi / kèria arja wong ayu / aku pangkat nyang pasar / mêmujia bisa laris / nikèn rara sabdane mangayubagya //

kori sampun kinancingan / kocapa lampahirèki / bok rôndha samarga-marga / tansah manêbut Hyang Widhi / kalingane wak mami / tan bisa ngrumati sunu / de anak wus diwasa / tur rada endah ing warni / sasolahe susila mangan piwulang //

kongsi dadya ojatira / padhukuhan kanan kering / pra janma padha lokira / bok rôndha sutane bêcik / ayu ciptane murti / susila tyase rahayu / cacade raganingwang / malarat saya nyaranthil / kongsi datan bisa wèh bungahing anak //

pangan bae kala-kala / katêndhagan datan bukti / tur yèn bisa tan mirasa / nistha têmên urip mami / ya talah anak mami / katuwone wong tuwamu / lagi siniksèng jagad / katôndha ihtiyar mami / ngalor ngetan ngidul ngulon tiba pacak //

dahat agêrus tyasira / bok rôndha sambat ing batin / kongsi praptèng jroning pasar / kèksi suntrut nawung sêdhih / rowange anakoni / bok adhi anjanur gunung / dingarèn sêmunira / susah anawu rudatin / ni bok rôndha nauri sinamuning tyas //

winor guyu sabdanira / bakyu botên sêdhah-sêdhih / mung labêt saking karipan / sawêngi tan antuk guling / antuk nendra sathithik / kagyat sing kêbyaran ulun / mula cahya kacaryan / pucêt lir nawung rudatin / sayêktine mung saking kirang anendra //

bok rôndha atata-tata / nging batin mêksih rudatin / nulya linggih ngadhêp dhasar / dilalah karsèng Hyang Widhi / kalamun lagya kardi / lêlakon mring titahipun / tan kêni dipun nalar / yèku lêlakonirèki / ni bok rôndha dènnya durung tak ngapura //

katôndha dènnya mring pasar / dodol godhong lawan biting / dèn adhêp sakesuk boya / sagêd pêpajêngan sakbil / môngka adatirèki / kumrubut arêbut dhucung / janma kang samya tumbas / kongsi kurang jukuk maning / têka mangkya mung thênguk-thênguk kewala //

sajroning tyas manglocita / bangêt têmên awak mami / dodolan kongsi sadina / tan ana ngambus pra janmi / paran mêngko wak mami / yèn mulih pinapag ingsun / sutèngwang suka-suka / wit adat banjur nampani / olèh-olèh jajanan ingkang mirasa //

Iba putêke tyas ingwang / nadyan sutaku tan nangis / nanging nuli kaya pangan / de sadina tanpa bukti / dhuh nini putra mami / bêgja têmên lêlakonmu / sawusing manglocita / bok rôndha sêdya amulih / surup surya nèng marga katungkêb jawah //

maruta gêng gêgêrotan / gêbyaring clèrèt wor thathit / gêlap wor gludhug tan kêndhat / bok rôndha kêkês jadhindhil / pêtêng tan wruh ing margi / ambruk soring mandira gung / ngrêruntuh sambatira / badan tan glawat wit saking / drêsing jawah mangkana sêsambatira //

dhuh Gusti Kang Murbèng Alam / lalu têmên mara dasih / sinigsa gung winisesa / paran dosane pun dasih / bêgja têmên wak mami / sinandhangan kojur muput / dilalah parmaning Hyang / sêsambate Bok Rêjêki / angênani kang rumêksa ing mandira //

Kyai Bêgja namanira / sakala kagyat tyasnèki / kinira janma kang sambat / wruh dunungnya lan namèki / nulya linggar marani / mring bok rôndha dunungipun / mangkana têmbungira / wong apa sira nèng ngriki / sambat-sambat angundang mring raganingwang //

apa kang dadi karsanta / pasthi sira sun tulungi / wruhanta jêbèng ya ingwang / Ki Bêgja bangsaning dhêmit / nging nadyan dhêmit mami / bangsaning pandhita putus / sampurna mring kaanan / wruh lêlakon ala bêcik / myang sinukan waskitha sakirdhaning rat //

karsèng Hyang kinèn rumêksa / mandira jroning wanadri / mula paran gatinira / sira ngundang awak mami / prasajaa dèn aglis / kang dadi woding sêdyamu / ni rôndha kagyat ing tyas / krungu swaraning sujanmi / nging tanpa na rèhning pêtêng lêlimêngan //

panglocitaning wardaya / rèhning ujaring wong iki / têkane ngaku sun undang / kakênan ing sambat mami / wit Ki Bêgja kang nami / têkane arêp têtulung / bêcik ingsun prasaja / praptaningsun ing wanadri / bokmanawa bisa wèh tulung kamulyan //

mangkana pangucapira / dhuh kyai kang sadu budi / bêg raharja palamarta / yèn tanya ing nama mami / karan nak Bok Rêjêki / ing Palar dhêdhukuh ulun / purwane praptèng wana / sadèrènge matur kyai / amba minta pêpadhang sajroning wana //

dadi sun wruh marang sira / ywa gawe tidhaning ati / Kyai Bêgja guyu ngakak / nabda bênêr sira nyai / anulya matêg aji / pangracutan sakala wus / sirna pêpêtêngira / padhang lir rina arêsik / nging jatine têngah dalu wancinira //

(Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 8, 24 Ruwah Taun Ehe 1860, 25 Januari 1930, Taun V

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [113] ---

Ôngka 8, 24 Ruwah Taun Ehe 1860, 25 Januari 1930, Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Priyangan Kidul

[Grafik]

Gambar nginggil punika krêtêg gantung ing Cimandhiri sacêlaking Palabuhan Ratu.

--- 114 ---

Kawruh Sawatawis

Pasiraman Lèpènbacin Tambakwringin.

Salêbêting wêwêngkon dhusun Kalitanjung (samangke sampun kablèngkèt kalihan sanès dhusun, pikantuk nama enggal dhusun Tambaknêgara) kabawah ondêr Dhistrik Rawalo, Dhistrik Jatilawang, Kabupatèn Purwakêrta. Ing ngriku sampun kina-makina wontên tuk ingkang toyanipun mambêt botên eca, mèh mambêt bacin, mila inggih lajêng kawastanan: Lèpènbacin. Tuk wau dumunung ing saantawising sabin kalihan wana pêjatosan, têbihipun saking dhusun watawis saprapat pal, saking margi agêng watawis tigang atus mètêr. Saking haltê S.S. Kêbasèn, utawi saking sêtoplas S.D.S. Gambarsari, kirang langkung satêngah pal, mawi nyabrang lèpèn Sêrayu, sarana baita sasak.

Toya tuk wau samêdalipun saking tuk, amujudakên balumbang, ing sapinggiring balumbang wontên witipun waringin sampun agêng, mila panggenan wau lajêng dipun namakakên: Tambakwringin. Sabab: tambak atêgês: balumbang.

Balumbang wau ing jaman rumiyin mèh botên kopèn babarpisan, sabab panggenanipun ragi têbih saking dhusun, sarta wontên ing ênthak-ênthak. Sanadyan toyanipun mambêt bacin, ewasamantên wiwit rumiyin mila toya punika asring kaombe tiyang, kangge olah-olah tuwin kangge adus, sabab toyanipun manawi sampun kacidhuk saking panggenan, bilih katahan sawatawis jam kemawon, ambêtipun lajêng ical. Punapa malih manawi dipun godhog, tumuntên ical ambêtipun. Tiyang dhusun nyariyosakên, bilih toya wau kenging kangge jampi sêsakiting tiyang warni-warni sarta sampun kathah kanyataanipun, kados ta: sêsakit kulit (gatêl, gudhig, korèng sapanunggilanipun), sêsakit encok, tosan, watuk, tuwin sanès-sanèsipun.

Dene wontênipun toya tuk wau mambêt bacin, botên wontên tiyang ingkang sagêd nêrangakên sababipun. Lêrês panggenan punika sampun kêrêp kadhatêngan ing para ahli pêmisah mriksa toya wau, ananging kadospundi pamanggihipun papriksan, sapriki lajêng sêpên, botên sagêd kasumêrêpan sababipun, utawi kamomoran punapa.

Kintên-kintên ing taun 1893, ingkang wadana ing Jatilawang ginanjar sakit gatêl badanipun, malah wontên sawênèhing panggenan ingkang mlènyèh kados korèng, sanadyan dipun jampèni dhoktêr sagêd saras, sakêdhap kemawon inggih kimat malih, ngantos katawis bosên anggènipun ajêjampi. Wasana lurah dhusun Kalitanjung (Tambaknêgara) matur dhatêng ingkang wadana, bilih ing dhusunipun wontên tuk ingkang toyanipun mambêt bacin, sarta kêrêp kangge adus tiyang sakit kulit, encok, sapanunggilanipun, kathah ingkang sagêd saras. Cêkakipun ingkang wadana lajêng nyobi adus ing lèpèn bacin wau. Sarêng sawêg nyobi kaping tiga, sakitipun gatêl kathah sudanipun, sarta ingkang mlènyèh kados [kado...]

--- 115 ---

[...s] korèng katingal wiwit alum. Kalajêngakên sabên dintên adus ing ngriku, sakitipun lajêng saras babarpisan, sarta botên kimat malih. Wusana pasiraman wau dipun dandosi sae. Wiwit wau pasiraman ing ngriku lajêng kondhang dumugi sanès panggenan, sabên dintên kathah tiyang sami dhatêng adus, botên ngêmungakên tiyang Jawi kemawon, dalah bôngsa Tionghwa inggih kathah ingkang dhatêng, sarta ingkang kathah tiyang ingkang sami sakit korèng, gudhig, encok, tosan, sapanunggilanipun.

Sarêng pasiraman saya agêng, lajêng dadondados. tanggêlaning dhusun, ananging dhusun botên gadhah arta kas, mila lajêng damêl akal, sadhengah tiyang ingkang adus ing kulah mawi tutupan, kêdah bayar arta miturut tarip ingkang sampun katêtêpakên, dene ingkang adus ing kulah sanès-sanèsipun, têrus botên ambayar punapa-punapa.

Sasampuning pasiraman kadamêl sae, sangsaya mindhak kathahipun tiyang ingkang dhatêng adus, makatên ugi tiyang-tiyang saking mônca, nanging taksih kuciwa dene dèrèng wontên pamondhokan, dados tiyang-tiyang ingkang prêlu sipêng, kapêksa pados pondhokan ing dhusun sacêlakipun, utawi satunggal kalih wontên ingkang nrimah mondhok ing griyaning juru kunci, dhêsêkan kalihan ingkang gadhah griya. Ananging ingkang kathah-kathah tiyang sami sakit pados kasarasan, mila inggih ragi pakèwêd padosipun pondhokan, botên sadaya tiyang purun dipun pondhoki tiyang nandhang mala. Ananging sarêng têngah-têngahipun taun 1910 lurah dhusun ngriku piyambak damêl pondhokan, mawi kêlas-kêlasan miturut dhatêng mirah awising pasewan, sarta pirantosipun jangkêp botên nguciwani. Kajawi hotèlipun lurah kasêbut ing ngajêng, ugi taksih wontên malih pamondhokan ingkang langkung mirah, kangge nyêdhiyani tiyang ingkang ringkih-ringkih.

Kados sampun cêkap samantên andharan kula bab kawontênanipun pasiraman: Lèpènbacin Tambakwringin. Ing ngriki prêlu kula sambêti sakêdhik bab pamêdaling arta saking tiyang-tiyang ingkang sami adus. Wiwit pasiraman punika karimat sae, sapriki pamêdaling arta sampun kenging dipun wastani: ewon. Ingkang nampèni lurah kanthi dipun titi priksa dening priyantun, sarta arta wau saminggu sapisan kêdah kalêbêtakên dhatêng bang apdhèling. Kajawi arta wau kangge prêlu ngrimat pasiraman, ugi murakabi agêng dhatêng dhusunipun, sabab sadaya prêluning dhusun ingkang kêdah ngangge wragad arta, sagêd ngangge arta wau. Ingkang sampun kêtingal, kados ta: damêl sêkolahan dhusun, urun ambalônja guru dhusun, damêl krêtêg dhusun, gardhu dhusun, tumbas prabot sêratan kangge dhusun, makatên salajêngipun, dados samangke manawi wontên padamêlan dhusun, tiyang alit namung ngêmungakên urun bahu suku, botên prêlu urun arta kados jaman rumiyin sadèrèngipun wontên pamêdal saking tiyang adus.§ Gambar botên sagêd kapacak, amargi kirang sae.

Supardan, Purwakêrta.

--- 116 ---

Bab Tanêman

Nangkarakên Têtanêman Sarana Wiji.

Ing Kajawèn nomêr 102 ingkang mêdal nalika tanggal 21 Dhesèmbêr 1929, kula manjurung karangan bab manggis, nanging sêmunipun ing ngriku pancèn kirang sampurna, inggih punika ing bab pandhêdhêring wiji, mila ing mangke kula sambêti andharan bab kasêbut nginggil, murih botên adamêl cuwaning panggalih tumrap ingkang kaparêng migatosakên.

Sajatosipun botên ngêmungakên manggis kemawon ingkang angèl panyangkokipun, nanging durèn, dhuku, rukêm, mundhu, nôngka sabrang (nôngka Walandi utawi sirsak), nôngka Jawi, kêmiri, kluwak tuwin sanès-sanèsipun, inggih samantên ugi.

Mila manawi badhe nanêm bôngsa wowohan, môngka winawas wowohan wau ragi angèl yèn ta pinêncarakên sarana cangkokan, punika prayogi amiliha wijinipun kemawon ingkang sae-sae, kadhêdhêr. Mênggah pamilihipun makatên:

1. Wit-witan ingkang kaalap wijinipun wau kêdah wit-witan ingkang sampun misuwur eca wohipun, botên molah-malih lan botên sakitên, punapadene ingkang agêng wohipun.

2. Ngupadosa ingkang matêng wit, inggih punika ingkang katog sêpuhipun, dados nuntên thukul, lan thukulanipun kiyat.

3. Ingkang sae wangunipun, inggih punika botên pèncèng, purêt utawi krowok dening ama. Awit manawi pèncèng, purêt utawi krowok, benjing thukulipun inggih botên sae, amargi peranganing wiji botên sami.

Dene pandhêdhêripun inggih kêdah mawang-mawang kandêl tipising kulitipun wiji, tuwin agêng alitipun. Awit wiji punika warni-warni, wontên ingkang tipis utawi kandêl kulitipun. Tumrap wiji ingkang cangkokipun kandêl, kados ta bangsaning kêmiri, kluwak, sadhang, kênari, jangglêng sapanunggilanipun, cangkok wau kêdah dipun tipisakên rumiyin, sarana kikir, nanging kêdah ngatos-atos, murih mripat bêbakalaning sêmi botên ngantos kêkikir, lan malih ing sadèrènging katanêm, kêdah kaêkum ing toya angêt sadintên sadalu, sasampunipun makatên wiwit kenging katanêm, malah yèn jangglêng kêdah kagorèng rumiyin, supados malêthèk, awit saupami dipun kikira tamtu kadangon, sabab saking alit. Dene tumrap wiji ingkang cangkokipun tipis, inggih punika manggis sapanunggilanipun wau, waton botên ngantos garing sampun prayogi nuntên kadhêdhêr ing papan pandhêdhêran.

Mênggah papan pandhêdhêran punika kenging sakaparêngipun, namung cêkap wontên ing êpot, ing êbak utawi ing pakawisan (pangipukan), namung watonipun kêdah mawi rabuk, kenging ngangge talethong kapal utawi lêmbu, kaangkaha sacêkapipun, kapilihna ingkang sae, ingkang mèh dados siti, utawi bêbosokaning [bêboso...]

--- 117 ---

[...kaning] gêgodhongan ingkang kacarub siti lan pasir. Siti ing papan pandhêdhêran kêdah alus amawug, sampun ngantos bacêk, yèn wontên ing êpot, ing ngandhap kasukanan bolongan, supados toya siramanipun boên dados ngêmbêng, tuwin sagêd angsal hawa saking ngandhap, mila pot wau kêdah kaganjêl. Dene yèn ing bedhengan, mawi kagula-gula, kasukanan kalenan ingkang sakintên sagêd nuntasakên siti. Mênggahing panyiram kaangkaha sacêkapipun kemawon, sampun kêtêlêsên lan sampun kagaringên. Siti wau supados botên jamurên, mila kêdah dipun walik mawi cuthik, inggih punika siti ing ngriku sabên katingal ragi padhêt, lajêng kadhangir, nanging kêdah ngatos-atos, sampun ngantos adamêl pêdhoting oyod.

Mênggah lêbêt cèthèking tancêbipun wiji dhatêng siti, manut aliting wiji ingkang dipun dhêdhêr, yèn wiji wau agêng inggih kêdah lêbêt pananêmipun, yèn alit kêdah cèthèk, inggih punika siti ingkang kadamêl ngurugi kintên tikêl ping 1½ ipun kandêling wiji. Malah tumrap wiji ingkang lêmbat sangêt botên prêlu kaurug, cêkap namung kauwur-uwurakên kemawon. Ing pasitèn ingkang awon utawi asrêp hawanipun, wiji wau kêdah katanêm langkung cèthèk tinimbang ing pasitèn ingkang lêma lan bêntèr hawanipun. Badhe kasambêtan.

Nirrasa.

Pasisir Kidul

[Grafik]

Margi sêpur saking Kalipucang dhatêng Pangandharan.

--- 118 ---

Jagading Wanita

Bab pangolahipun Durèn ingkang Sagêd Kasimpên Ngantos Lami.

Para maos kados botên kêkilapan dhatêng wontênipun durèn. Mênggah durèn punika kenging kaewokakên satunggiling wowohan ingkang mèh botên nate katampik dening sok tiyanga, amargi saking ecaning raosipun. Pramila inggih botên anggumunakên bilih wowohan wau kalêbêt madolakên. Mila inggih mèmpêr kemawon manawi rêginipun kalêbêt awis, saya manawi kalêrês mangsanipun awis durèn, satunggal kemawon ngantos rêgi tigang dasa sènan utawi langkung, ananging inggih ingkang agêng.

[Grafik]

Durèn ingkang sampun sêpuh.

Mênggah durèn punika kajawi kadhahar wajaran, ugi kenging kangge momoraning têtêdhan warni-warni, ingkang sagêd mathuk, kados ta: kangge momoran kolak, jênang tuwin sapanunggilanipun. Dene têtêdhan ingkang dipun dèkèki durèn punika angindhakakên ecaning raos, sarta ambêtipun lajêng tuntung wangi. Kuciwa sakêdhik dene durèn ingkang kaabênakên makatên wau botên ngantos sagêd dangu, têgêsipun manawi ngantos wayu dintênan kemawon lajêng kêdadak sampun mambêt. Ewadene inggih wontên pratikêlipun amurih botên enggal risak makatên. Dene sarananipun kêdah kadamêl jênang, namanipun inggih jênang durèn, pratikêling pangolah tuwin panyimpênipun makatên:

Durèn ingkang sampun sêpuh-sêpuh punika kapêcahana, tumuntên dipun pêndhêti ajaranipun kadhawahan [kadhawaha...]

--- 119 ---

[...n] ing kuwali ingkang rêsik, lajêng kadèkèkana gêndhis jawi ingkang ragi kathah tumuntên dipun ulèni. Sasampunipun durèn gêndhis sami carub, lajêng kadèkèkana sarêm lan toya sakêdhik. Lajêng kagodhog, lan kêdah kaudhak mawi irus salajêngipun ngantos tanak. Pratandhanipun manawi jênang punika sampun tanak, warninipun malih dados abrit sêpuh, lah punika sampun katalompèn enggal kaêntas kemawon. Ananging ing sadèrèngipun kêdah sampun sadhiya bumbung dêling ingkang rosipun satunggal sampun kabucal. Bumbung punika sasampunipun dipun koroki lan dipun gojagi rêsik, lajêng katuntasakên supados garing. Dene jênang ingkang sampun kaêntas wau enggal kaisèkakên ing bumbung, lajêng katutup mawi tutup ingkang rapêt saèstu. Bumbung-bumbung wau manawi kathah prayogi kagantung, ananging manawi namung satunggal kalih cêkap kadèkèk ing glêdhêg utawi ing paga kemawon.

Mênggah jênang durèn ingkang kaolah kados andharan ing nginggil, kajawi raosipun eca, punika sagêd kasimpên ngantos wulanan dangunipun, malah sagêd ngantos sataun laminipun têtêp sae botên risak, saya dangu saya mindhak eca raosipun. Samantên punika manawi bumbungipun rapêt, jalaran saening jênang wau winêngku dening pangrêksaning bumbung. Ewadene kula inggih dèrèng nate nyimpên jênang durèn ngantos langkung saking sausum dangunipun, jalaran kajawi namung sakêdhik inggih kasêlak botên srantos.

Kajawi kaolah kados ingkang sampun kasêbut nginggil, durèn punika inggih kenging kadamêl manisan limrah, mênggah raosipun ugi botên badhe kawon kalihan jênang durèn wau, lan ugi kenging kasimpên ngantos ragi lami, kiyat sapêkên utawi saminggu botên punapa-punapa, dene mênggah pangolahipun inggih sairib kados pangolahing jênang durèn, makatên:

Sasampunipun durèn sami kapêcah kapêndhêtan ajaranipun, lajêng kaklêmpakakên kawadhahan ing kuwali ingkang rêsik, tumuntên kasukanan parudan kalapa lan toya sakêdhik, lajêng dipun bucali ponggenipun. Sasampunipun lumêr lajêng dipun sukani gêndhis jawi ugi ingkang kapara kathah. Manawi sampun dipun ulèni kados wau lajêng kagodhog ngantos satanakipun, lan ugi tansah kaudhak, prêlunipun sampun ngantos kêlèt utawi ngêrèng. Mangsuli bab pandèkèkipun parudan kalapa ingkang kapara kathah, dene toyanipun cêkap sakêdhik kewawon.kemawon. Manawi sampun awarni abrit sêpuh lajêng kaêntas sarta kaisèkakên ing bumbung ingkang sampun sumêdhiya. Dene tutupipun sae mawia klaras pisang, jalaran punika ingkang botên mambêt talutuh tuwin sapanunggilanipun.

Sadaya jênang utawi manisan durèn wau anggèning anggodhog, latunipun kêdah mèntèr, botên kenging byar pêt, awit sagêd amurugakên sangit.

Wasana kula nyumanggakakên dhatêng sintên ingkang kaparêng nyobi.

W. Sarwana, Karangpêtir - Tambak.

--- 120 ---

Waosan Lare

Sapu Ilang Suhe

V. Pangantèn Batawi.

[Pocung]

wise mathuk tinêmune rêmbug rujuk / sasrahan ditômpa / kari golèk dina bêcik / ing lumrahe milih dina malêm Ngahad //

luwih prêlu yèn tanggal sapisan nuju / orane ya cêdhak / dadi ora ngapirani / awit lumrah uwong lagi mêntas blanjan //

ing dhèk mau sawise matêng dipadu / calon maratuwa / nuli wiwit akêkirim / layang ulêm mênyang sanak pawong mitra //

nganti sèwu trêkadhang nganti rongèwu / iku kôndha nyata / mung wong sing durung ngalami / mêsthi ngira mung umuk watone kôndha //

murih galur bêcik dikôndha sing mulur / supayane cêtha / cara-carane Batawi / lowung kêna digawe sêsambèn kôndha //

ulêm mau tumap wong sing duwe prêlu / diêcakke rampak / mèh sabên wong diulêmi / kêna bae sanadyan durung kulina //

iku durung isih ana ulêm sambung / mêtu saka mitra / supaya milu ngulêmi / nyang wong liya sing wong mau wis kulina //

dadi sambung sasat kaya ngulur dhadhung / bung-sumambung dawa / dadi akèhe wis mêsthi / yèn ngantia ewon jênêng ora lôngka //

ngono mau isih ana sing ambantu / tumrape wedokan / padha têka amarani / angulêmi wong wedok êmung ijoan //

gone mlaku ulêm-ulêm kabèh mau / isih bangêt awal / upama kurang sasasi / wis sumêbar layang ulêm mrana-mrana //

ala nganggur yèn wêruh sanak sadulur / iya nyampe kôndha / ing anane gawe kuwi / kabèh mau tumindak tanpa prakara //

yèn wis cukup nuli wiwit tata tarub / kanggo bukak meja / lan wiwit angrêratêngi / lah ing kono nganggo ulêm-ulêm prawan //

yèn pinuju usrêg lagi padha ithu / ing jaba ting krêcap / jêjaka padha ngruh-ruhi / anggêgarap sagêlême gone kôndha //

tindak mau satêmêne yèn diburu / mung agawe tuna / awit lumrahe mung nal-nil / tumindaking gawe kêladuk sêmbrana //

ana brak-bruk nyèlèh piring nganti rêmuk / yèn sing olah-olah / luput gosong iya sangit / dene mungguh nyatane mung kanggo srana //

sing tinêmu tindak sing mangkono mau / iya mung supaya / prawan padha ditontoni / lan manèhe aran dadi tatacara //

ing dhèk mau wong sing bênêr duwe prêlu / nganggo nanggap wayang / mungguh carane Batawi / pamayange manggone panggungan ngegla //

wise surup diyan-diyan uwis murub / saka ing kadohan / krungu ana trêbang muni / gumarambyang dibarung ramening swara //

iya iku pangantèn lanang lumaku / diiring punggawa / pangantène cara kaji / wise têmu kabèhe padha bubaran //

iya klêbu pangantène lanang mau / kono bêbarêngan / dhayoh têka [tê...]

--- 121 ---

[...ka] andalidir / karo awèh dhuwit barêng sêsalaman //

dene mungguh dhayohe sing durung wanuh / lan sing duwe omah / awit mung saka kêcangking / anggolèki uwong sing dhèk anu ngundang //

dadi kudu kêtêmu sing ngundang mau / dene wong sing têka / sadhela bae wis bali / ora ana sing tanak nganti jam-jaman //

sabên jêdhul mêtu tumuli disusul / diwèhi buntêlan / kanggo liru ulih-ulih / pating grandhul dicangking sadalan-dalan //

patrap mau babarpisan ora saru / malah go pameran / bab brêkate sing dicangking / dadi tôndha mêntas saka pasamuwan //

mula cukup palinggihane ing tarub / ora ngambrah-ambrah / awit wonge gênta-gênti / yèn kasuwèn malah digunêm wong liya //

bêngi mau ing sauwise jam wolu / tumuli wayangan / ramene ngudubilahi / ngêndi-êndi kêbak wong padha dodolan //

tansah gang gung sawêngi gamêlan ngungkung / sasat tanpa sêla / yèn mirid ramening uni / ing patute sawêngi mung pêpêrangan //

lumrah mungguh ing wong kono padha wanuh / yèn tumrape wayang / Gathutkaca didhêmêni / dadi padha karo rasane wong Jawa //

ing bab clathu mêsthi bae cara Mlayu / lan kamoran Jawa / tur rada kakehan Kawi / suwarane glêrêg-glêrêg kandhas dhadha //

wise rampung jam lima wis usung-usung / arang wong sing natas / yèn wis bangun bangêt sêpi / mula sabên êbyar wis ketok suwungan //

mantèn mau ora banjur milu mlêbu / anunggal saomah / êmung kala-kala tilik / seje dina pangantèn wedok digawa //

dhèk lumaku manganggo kaya dhèk têmu / mung sing lanang ora / nanging iya milu ngiring / êmung nylamur kaya wong nonton balaka //

andhêkukul mantène wedok dipikul / pupur putih rata / rupane nganti manglingi / ing sadalan-dalan ora lèrèn nyêmbah //

guse Abdul ya kêpêksa milu kumpul / angênggoni cara / barêng saiki wis mulih / lagi têntrêm atine karasa lêga //

cêkak cukup murih dongènge kêcakup / uripe Abdulah / kapenak lêstari mintir / sataune nuli duwe anak lanang //

tumaruntun duwe anak sabên taun / têlu padha lanang / wedoke siji ing buncit / suwe-suwe saya sugih andrêbala //

seje taun munggah kaji nuli turun / ing kono katara / têtêpe dadi wong sugih / ing arane kaji radèn dhèk samana //

aja kliru kang maca gêdhene nêsu / dene wacan bocah / nganggo ngandhakake rabi / satêmêne karêpe sing duwe crita //

sing dirêmbug carita kang bakal tutug / bab jêjêring kôndha / anjupuk crita dèn kaji / nanging murih cêtha diwiwiti kôndha //

dadi turut ora kêcurat-kêcurut / uruting carita / ing saiki diwiwiti / dibalèni manèh têmbang dhandhanggula //

--- 122 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Ing Bab Pêrgêrakanipun para Wanita Indhonesiah.

V.

Petruk: Kang Garèng, rêrêmbugane ing bab pêrgêrakaning wanita bok padha dilèrèni bae, wong atiku rada ngênês. Wong andina-dina aku banjur tansah digumbrêng karo Makne Kamprèt, kandhane mangkene: Wong lanang, sabên dina sing dicatur kok ora liya mung ing bab kamajuaning wanita, jarene wong wedok kuwi kudu mêngkana, kudu mêngkene. Gênahe bae apa wis bosên karo aku, kaya-kaya apa sing dadi sênêngane, sabisa-bisa iya tak gawèkake, kaya ta: akon gawe buntil (brubus, aliyas gêthuk lumbu), iya tak gawèkake, malah sapiring munjung-munjung dijablasake dhewekan, ewadene iya mêksa ora ana kêtrimane. O, Allah gusti, gusti, têka kaya mangkene têmên awakku kiyi. Mara, ta, Rèng, apa ora ngênês nyang pikiran, ing môngka pangangluhe mau nganggo dibarêngi sênggruk-sênggruk lan sêntuk-sêntuk. Turne iya wis tak ayêm-ayêmi arêp tak tukokake kacamata utawa cocoh barang, prêlune nèk nginang ora sêmang mamah, kuwi ora banjur sabar, malah saya nêpsu.

[Grafik]

Garèng: We, hla, kurang ajar, wong ngayêm-ayêmi kok arêp nukokake kacamata utawa cocoh, kuwi rak prasasat mujèkake supaya bojone enggala jêmpo. Mungguh sanyatane panêmune wong wadon sing kaya Makne Kamprèt kuwi saikine isih akèh, jalarane ora liya iya saka kurange sêsurupane, kang wusanane banjur kaliru panampane. Mulane tumraping kumpulan wanita ing jaman saiki kiyi, angèl bangêt sanggane. Awit bedane sêsurupane siji lan sijine isih nglangut bangêt, sawênèh ana sing wis lulus saka Milo lan sapêpadhane, nanging sing akèh kêrtas lan potlote rak cowekan kambi munthu. Kang iku mulane kêrêp bae sêdyane kumpulan wanita sing pancèn utama têmênan, banjur ditômpa kaliru.

Petruk: Ora ngêmungake wong wadon sing kok anggêp isih bodho-bodho sing sok kaliru tômpa, malah wong lanang-lanang sing pintêr-pintêr akèh bae sing sok kaliru tômpa, kaya ta upamane: ana wong wadon padha kumpul-kumpul, [kumpul-ku...]

--- 123 ---

[...mpul,] banjur bae diarani kumpulane para Srikandhi, apês-apêse ya kumpulane para Mustakawèni, wadhuh, banjur ribut satêngah mati.

Garèng: Wiyah, wiyah, bok aja sok dhêmên maido ing liyan, aran manusa kuwi pancèn gampang kalirune, tandhane kowe dhewe lagi anu kae: kowe anglarangi anakmu Si Kamprèt udut, pancèn iya ana bênêre, awit udut kuwi sok gawe dhêdhêling pikiran. Nanging barêng ana anaking tôngga carita nyang kowe, yèn Si Kamprèt ana ing sakolahan sok udut, tanpa kok titi dhisik, pêthi wadhahe sandhangan lan kanthonge jase kok balengkraki sakrêsa-krêsanya, nèk-nèke ana rokoke. Kang mangkono mau kowe rak agawe tatuning atine Kamprèt, iya nèk iya, kèri-kèri kandhane anaking tôngga mau mung gawe-gawe bae, kêpriye. Kuwi apa ora kaliru kowe jênênge, mulane aja guru-guru maido nyang wong liya.

Petruk: Yak, bok aja mêlèhake barang sing uwis-uwis, wong nang wêtêng rasane sênêp, jalaran awit saka iku, ora ngêmungake Kamprèt thok sing jèngkèl nyang aku, sanadyan kônca-kancane sing biyèn padha ambapak karo aku, sajake saiki iya padha akalewa-akalewa. Wis, wis, bab kiyi padha dipunggêl samene bae. Saiki aku arêp takon nyang kowe, mungguh panêmumu apa sing kudu ditindakake para panuntuning pakumpulan wanita, supaya ing têmbe buri para wanita padha bisa mundhak darajate.

Garèng: Nèk panêmuku, sing kudu ditindakake kang prêlu dhewe ana patang prakara, kang kapisan: kudu ambudidaya supaya para kênya olèh pangajaran kang sampurna, prêlune yèn laki uripe bisaa anjajari karo lakine.

Petruk: Mêngko sik, Kang Garèng, aku tak nyêlani, tumrape aku dhewe iya pancèn rujuk bangêt, yèn bocah wadon kudu disêkolahake sing nganti sampurna, nanging kosok-baline iya akèh bae sing ora cocog, kandhane: anakku wadon ora tak sêkolahake dhuwur-dhuwur, sêbab aku kuwatir mêngko mundhak dadi ... têlung prapat nyonyah.

Garèng: Lo bab kiyi kowe ora kêna nyalahake bocahe wadon, nanging sing pantês disalahake wong tuwane. Awit, anane sêkolahan sing dhuwur-dhuwur kuwi sing nganakake bôngsa kulonan, dadi sing dadi dhêdhasare piwulang ing kono iya mêsthi ngango dhêdhasar kulonan. Mulane sing dadi wong tuwa kudu sing prayitna ngati-ati, aja mung anggatèkake biji rêpotane, nanging kudu tansah anjaga lan bisa nglêbokake rasaning kajawène nyang anake mau. Wis, wis, saiki tak banjurne mungguhing panêmuku ing bab kang prêlu diudi dening para panuntuning pakumpulan wanita, yaiku kang kaping pindho: ambangun wêwatêkane para wanita, apadene para kênya, sarta moncèrake budine kanthi diniyati.

Petruk: Ora, Rèng, mungguh dalane ambangun wêwatêkane para wanita kuwi apa sing cara

--- 124 ---

Landane: vrije omgang kae. Têgêse: bocah lanang lan bocah wadon kudu dimardikakake kêkumpulan dadi siji. Nèk kaya mangkono dalane, aku kok kêpengin dadi jaka kumala-kala manèh.

Garèng: Yak, kok banjur mikir awake dhewe ngono, sanyatane iya pancèn ana sing nyarojani karo sing kok kandhakake vrije omgang mau, nanging bab kiyi aku tak ora anglairake gagasanaku bae, mêngko mundhak ana sing kliru surup. Ananging mungguhing panêmuku, sing diarani ambangun wêwatêkane para wanita, yaiku: ngudi supaya wong wadon aja dipingit bangêt-bangêt, nanging supaya anduwèni kêkêndêlan, kêkêncêngan pikir, ora cara biyèn mung ngarêp-arêp kabêgjan, yaiku: bisa olèh bojo sing bagus, sing sugih, sing duwe drajat, nanging wanita kudu anduwèni tekad, nèk kapêksane, bisaa urip dhewe. Dene kang têlung prakara kang pantês diudi dening kumpulaning para wanita: ambudidaya ilange adat-adat kuna kang wus ora mathuk karo jamane. Bab kiyi ora prêlu dak jalèntrèhake dawa-dawa, cêkake sabên wong Jawa wis mêsthi ngrêtine. Dene prakara kang ôngka papat kang prêlu diudi dening pakumpulaning para wanita: bêbarêngan karo para kakung para wanita bisaa ambantu nyambut gawe ngudi marang kaarjaning bangsane. Wis, Truk, anggone rêmbugan bab pêrgêrakaning wanita padha dilèrèni samene bae, seje dina padha rêmbugan bab liyane.

Ngobrol ing Dintên Sabtu

Saking panêdhanipun sadhèrèk juru pangriptaning Kajawèn, sabên dintên Sabtu kula kapurih tumut angramèni isinipun Kajawèn. Blakanipun makatên, kula jimbit sangêt, tiyang kapurih ngramèni, têka kêdah ngisèni kalawarti, inggih botên gampil. Kajawi ta, manawi kapurih angramèni ... nêkuk krupuk, mothèng-mothèng opor, ambagi brêkat, sanadyan galiyak-galiyak inggih mêksa matur: sêndika. Utawi kapurih ngramèni: tayuban, sanadyan wiwitipun mawi lengkat-lengkot, nanging manawi kêndhangipun ngungkung tumuntên badhe kadhawahaken, inggih mêksa enggal-enggal kula majêng, sampun ngantos kêpancal ungêlipun êgong, jalaran, mangke kula mindhak rugi: pacak gulu. Sarêng dipun purih ngramèni kok ngisèni sêrat kalawarti, inggih mêksa nunak-nunuk. Ewadene ing sarèhning kula namung dipun pasrahi ngobrol aliyas omong kosong, grathul-grathul inggih badhe kula lampahi.

Sadèrèngipun kula miwiti obrolan kula punika, mugi kaparênga kula nyuwun nêpangakên dhatêng para maos tuwin para lêngganan rumiyin. Mênggah nama kula punika S.m.t. Sampun têmtu, bilih nama punika satunggiling nama cêkakan. Kadospundi jangkêpipun, ngêmungakên kula sumanggakakên dhatêng para maos. Manawi dipun ngandikakna, bilih

--- 125 ---

S.m.t. punika cêkakanipun saking S(aja) m(aoe) t(oeloeng) kula malah matur nuwun kaping sèwu, awit inggih pancèn makatên punika ingkang tansah dados idham-idhaman kula. Dene ingkang nama têtulung punika, manawi pamanggih kula, botên ngêmungakên suka têdha lan sandhang dhatêng pêkir miskin kemawon, nanging sayêktosipun mawarni-warni, kados ta: nêtêpi kuwajibanipun, punika inggih sampun nama: têtulung. Tumrapipun tiyang nyambut damêl, manawi nyambutdamêlipun anêtêpi sayêktos punapa ingkang dados kuwajibanipun, inggih sampun atêgês: amitulungi dhatêng tiyang ingkang nyukani padamêlan. Tumrapipun para lêngganan Kajawèn, manawi nêtêpi kuwajibanipun, inggih punika: salêbêtipun Januari punika: jrèng, ngintuni arta lêngganan Kajawèn, sakêdhik-sakêdhikipun kangge sakwartal, inggih nama: amitulungi gêsangipun Kajawèn, makatên sapiturutipun.

Antawisipun para maos, têmtunipun inggih wontên, ingkang ngintên bilih S.m.t. punika cêkakanipun saking: S(aja) m(aoe) t(oeroet). Hla, punika kula inggih matur: nuwun, sanadyan inggih wontên kalanipun ingkang kula malah dados jèngkèl, awit ukara ingkang makatên wau, wontên ingkang sae pikajênganipun, nanging inggih wontên ingkang nyakitakên rêmpêlu. Ingkang sae upaminipun: Saja maoe toeroet sadaya piwulangipun para sêpuh ingkang sae-sae. Wah, punika utami sangêt. Nanging manawi: Saja maoe toeroet batja sadja upaminipun, punika sok wontên kalanipun ragi ngisin-isini, punapa malih manawi tumutipun maos wau, botên kanthi palilahipun ingkang gadhah waosan, punika ingkang kanamakakên: ngisin-isini kasbut nginggil, lajêng kemawon promosi kabênum dados jêjuluk: saèn. Upaminipun mênggahing kalawarti Kajawèn, punika wontên sawênèhing tiyang ingkang badhe lêngganan piyambak, botên purun, nama mokal ta, yèn botên sagêd tumbas piyambak, awit rêgining Kajawèn punika sawulanipun namung powatun (f 0.50-) wusana lajêng ngampirakên rara Kajawèn nalikanipun badhe sowan dhatêng priyantun ingkang wajib nampi, thik cara pangangge makatên, mawi dipun agêm rumiyin, tur pangagêmipun ragi kêdangon, wêwah-wêwah botên mawi palilahipun ingkang kagungan. Sarêng pangagêmipun sampun katog, ngantos wujudipun dados kluwus-kluwus, rara Kajawèn sawêg kaparêng nglajêngakên lampahipun. Môngga, punapa tindak makatên punika botên kenging kanamakakên saèn, pantêsipun rak malah kêdah dipun wêwahi èmbèl-èmbèl: sêmbrantên diningrat.

Cêkakipun kadospundi anggèning para maos badhe anjangkêpi cêkakan S.m.t. wau, kula namung nyumanggakakên kemawon, janji sampun dipun wastani cêkakanipun: S(oedah) m(aboek) t(oean). Hla, punika kula tobat mêncit saèstu. Dupèh sampun ngangge sêtelan, rumaosipun lairan, amsêtêrdham, sumêrêp tiyang gêgriya kirang rêsik sakêdhik kemawon, irungipun lajêng cungar-cungir, manawi botên dipun sêbut: bêndara tuwan, gidro-gidro. Malah manawi wontên Walandi [Wa...]

--- 126 ---

[...landi] kalintu ngajak omong cara Mlayu, inggih muring-muring sayêktos, môngga, punapa punika botên nama cilaka.

Dene manawi wontên ingkang mêstani, bilih S.m.t. cêkakanipun S(aja) m(oendhak t(janthas) utawi S(aja) m(anther) t(jahyane), lo, kula andhèrèk kemawon, tiyang kula namung drêma nglampahi. Sampun samantên kemawon rumiyin.

S.m.t.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès.

Kawartosakên ing dhusun Pêndhêm lan Jêpang, bawah ondêr dhistrik Mêjaba, dhistrik Tênggèlès (Kudus), têtiyang kalih dhusun punika padamêlanipun sami andamêl wadhah rokok (dobong) kasade kalihan juragan rokok ing Kudus. Ananging wiwit wulan Januari 1930 punika, juragan Kudus sampun botên purun tumbas malih awit sampun angsal lêngganan pêthi saking Eropah, ingkang tumbasanipun langkung mirah kados tumbasanipun dobong. Jalaran saking punika tiyang dhusun ingkang kasêbut ing nginggil sami rêkaos anggènipun ngupados sandhang têdha. (Ngaripin).

Wontên pawartos, benjing wulan Pèbruari ngajêng punika ing Batawi badhe kawêdalakên sêrat kabar enggal nama Pewarta Betawi mawi basa Mlayu, dipun pandhegani dening Tuwan G. Siagian. Sakawit badhe kawêdalakên saminggu kaping kalih, dene manawi sagêd lêstantun gêsang sae benjing taun 1931 badhe kadadosakên sêrat kabar dintênan. Sêrat kabar wau ancasipun, netral.

Wontên pawartos, benjing tanggal 3 Marêt punika B.R.M. Tinggarta kalihan B.R.M. Darajatun, putra dalêm Kangjêng Sultan ing Ngayogya, sêsarêngan kalihan Tuwan J.J. Hofland administraturing kabudidayan gêndhis sawatawis ing paresidhenan Ngayogya, badhe pangkat dhatêng nagari Walandi prêlu nglajêngakên pasinaonipun.

Saking Sukabumi kawartosakên, ing bawah Jampang kulon jalaran sampun sawatawis lami botên wontên jawah kathah sabin-sabin ingkang kalajêng kabêrakakên. Samangke rêgining pantun ing dalêm sagèdhèngipun (5-6 kati) sampun 35 dumugi 40 sèn, dados ing dalêm sapikulipun 17 utawi 19 rupiyah. Makatên ugi ing bawah Lubuk Pakam (Dhèli) kathah sabin ingkang botên dados katapsir pamêdalipun botên wontên sapalihipun kalihan adat sabên.

Kawartosakên kawontênanipun ludrug ing Kudus katingalipun majêng sangêt, kintên-kintên sampun wontên 15 golongan, lan sabên dipun tanggap tiyang, ingkang ningali ngantos atusan, jêjêl uyêl-uyêlan. Ingkang dados ludrug punika lare jalêr sadaya, ananging manawi sampun mangangge cara èstri adamêl kêpencutipun ingkang sami ningali. (Ngaripin).

Volksuniversiteit ing Surakarta sampun saèstu kabikak, dipun pangagêngi dening Mr. Singgih saha Mr. Ali Sastraamijaya. Guru-guru sanèsipun ingkang tumut mulang inggih punika: Dr. Sêmèru, M.Ng. Yasawidagda, M. Sumardi, Ahmad saha Aliman. Tumrap para wanita kawontênakên kursus piyambak. Kursus babagan kawruh tataning nagari (staatsinrichting) ekonomi, basa Inggris, basa Walandi saha kawruh nyêpêng buku (boekhouding) ugi botên kantun. Bayaran kadamêl mayar, supados Volksuniversiteit wau têtêp nama pitulungan tumrap rakyat ingkang sumêdya ngangsu kawruh.

Ing kabudidayan Egah Arap (S.O.K.) mêntas wontên sawênèhing bôngsa Jawi ingkang kacêpêng jalaran nyêbar ngèlmi warni-warni sarta sade jimat kêdhotan dhatêng para kuli-kuli. Wontên kuli 8 ingkang sampun tumbas jimat wau ugi katahan pisan.

Wontên kabar, Tuwan C. Adriaanse, Controleur ter beschikking van den Adviseur voor Inlandsche zaken benjing wulan Pèbruari punika badhe pangkat dhatêng nagari Walandi prêlu nglajêngakên pasinaonipun wontên Leiden. Tuwan wau calon kapiji anggêntosi Tuawn van der Meulen kunsul nagari Walandi ing Jedah ingkang badhe lèrèh benjing taun ngajêng punika.

Pasar Gambir ing Batawi taun punika badhe kawontênakên benjing tanggal 23 Agustus dumugi 7 Sèptèmbêr, dados langkung dangu katimbang adat sabên.

--- 127 ---

[Grafik]

Tuwan Dr. G.W.J. Drewes suwau pangagênging taaltechnische afdeeling ing Bale Pustaka, kawisudha jumênêng wd. Hoofdambtenaar ugi ing Bale Pustaka. Anggêntosi suwargi Tuwan T.J. Lekkerkerker.

Jaarbeurs ing Bandhung ingkang kaping sawêlas badhe dhawah benjing tanggal 21 Juni dumugi 6 Juli ngajêng punika.

Wontên pawartos, Tuwan Stokvis ingkang wêkdal samangke wontên ing nagari Walandi, suwau dados jagoning I.S.D.P., benjing wulan April ngajêng punika badhe dhatêng Indhonesiah malih, nanging botên lami.

Saking Kutharaja (Acèh) kawartosakên, bilih ngrika kala tanggal 21 Januari punika wanci jam 7, 7.15 sarta 7.45 karaos wontên lindhu, nanging botên sapintêna.

Wontên pawartos, sadèrèngipun ngancik wulan Siyam ngajêng punika paduka Sultan ing Siyam (S.O.K.) kaparêng badhe krama malih pikantuk putrinipun Têngku Pangeran Êmbang ing Langkat, sadhèrèk kalihan pramèswarinipun ingkang sampun seda.

Miturut kêkancingan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, Kangjêng Pangeran Arya Jatikusuma, kawisudha dados Wd. kumêndhaning prajurit dalêm, anggêntosi Pangeran Arya Purbanagara suwargi. Sasampunipun tampi kêkancingan dalêm panjênênganipun lajêng kadhawuhan sowan dhatêng dalêm gupêrnuran, prêlu nyaosi uninga ing bab wau. Konduripun saking sowan ingkang gupêrnur, kadhèrèkakên dening para upsir-upsiring kraton.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 3358 ing Sapuran. Wisêl f 4.50 sampun kula tampi. Tiga pisan sampun kalêbêt ing buku lêngganan, nanging wiwit 1/2 '30, awit Kajawèn nomêr 1 dumugi 4 sampun têlas. Kula aturi paring priksa sintên namanipun para sadhèrèk ingkang panjênêngan lêbêtakên dados lêngganan. Manawi nyata inggih badhe pikantuk, nanging manawi ênthal-ênthil, botên badhe katampi.

Agèn nomêr 1815 ing Tumpang. Pamundhut panjênêngan P.P. dèrèng sagêd ngaturi, krana taksih ribêt saking kathahing tandhon padamêlan, namung kemawon kula ngaturi priksa manawi ngangkah pikantuk P.P. saha Kdj. gratis, kêdah nglêbêtakên tiyang utawi pambayaran 9 x f 1.50 + f 1.- = f 14.50 Lêngganan ingkang botên dados tanggêlan, botên kenging kapetang.

Wangsulan saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 1791 ing Klumprit. Kintun pakabaran prayogi kakintunakên sarana Document, waragadipun langkung mirah, kirangipun saking wawrat 50 gram, waragadipun namung 12 1/2 sèn, nanging botên kenging dipun kanthèni sêrat, utawi sêrat ingkang kakintunakên wau botên kenging dipun pati.

Lêngganan nomêr 3037 ing Surakarta. Pambantu Kajawèn sampun nyêkapi. Ewadene manawi badhe manjurung botên wontên pakèwêdipun. Ngintunakên gambar kenging gulungan kemawon.

Bab Buku

Redhaksi Kajawèn tampi buku paramasastra Walandi saking Boekhandel S.M. Diwarna, ing Kuthagêdhe, satunggal iji. Buku wau minôngka katranganing Woordenboek Walandi Jawi kados ingkang sampun kawêdalakên, rêgi f 0.75. Buku wau agêng pigunanipun.

Redhaksi Kajawèn ngaturakên panuwun.

Pawartos Wigatos

Ngaturi uninga dhatêng para lêngganan enggal. Sintên ingkang botên tampi Kajawèn nomêr 1 dumugi 4, punika anggènipun lêngganan kapetang wiwit ing wulan Pèbruari 1930. Dados Kajawèn ingkang dipun tampèni ing wulan Januari kapetang lêlahanan. Wontênipun makatên, amargi Kajawèn nomêr 1 dumugi 4 wau sampun têlas.

Adm.

--- 128 ---

Wêwaosan

Rara Rêjêki

Karanganipun Radèn Lurah Sastrayagnya ing Surakarta.

6.

[Asmaradana]

awit yêktosipun gusti / lamun botên umèngêta / kawula tiwas yêktine / kenging alating pusaka / satêmah kapitunan / yèn tiwasa cèthinipun / dhuh mila gusti èngêta //

tamat ature sang putri / sang nata anggung anggagas / têmah kanggêg ing ciptane / mangu-mangu manglocita / gawat têmên tyasira / patute yèn tan tinurut / sumanggêm praptèng palastra //

bêcike ingsun turuti / mangkana sabdaning nata / Marwati sun marêngake / sira sêmaya wit arsa / cêcêgah tarakbrata / mung rong côndra laminipun / yayi sun turut sêdyanta //

nging sira ywa mijil-mijil / mêmpêna sajroning kamar / sandika sang dyah ature / wau Sang Prabu Karêndha / mijil saking jro pura / sang dyah kantun amanêkung / nyênyuwun mring Hyang Wisesa //

sagêda oncat tumuli / saking karaton seluman / sang dyah dahat panlangsane / sigêg gantya kawuwusa / nèng gêmpalaning kôndha / Warsa Kusuma Sang Prabu / raja gung Banjaransêkar //

kagungan putra sawiji / kêkasih Radyan Sujana / satriya bagus warnane / ruruh jatmika solahnya / karêm andon lêlana / mring wana misaya manuk / myang kewan kidang mênjangan //

cinandhêt rama tan kêni / nuju ing sawiji dina / mring wana nganthi abdine / Jola Jali namanira / Jola wungu warnanya / anjêbobog rambutipun / netrane wiyar tur kera //

Jali rambute barintik / krêsna kêkulitanira / dêdêge mathekol cêndhèk / nanging kalih-kalihira / digdaya sugih guna / kinawêdèn pra lêlêmbut / kocapa Radyan Sujana //

praptèng wana sêpi mamring / paksi miwah buron wana / sawiji tan ana katon / amung paksi jalak seta / nèng êpang lincak-lincak / pindha mêmengin sang bagus / mlaku-mlakua dèn pikat //

radyan awas aningali / nèng jalak ulêse seta / jambul nèng lêmah cêcèkèr / nulya mabur mencok ngêpang / karsane Dyan Sujana / arsa pinanah kang manuk / ngandika mring Jali Jola //

pundhutên jêmparing mami / panah sawuse tinampan / pinênthang swara gumêrèt / panahe sampun pinasang / mulat sang paksi jalak / anjrit sarwi manabda sru / dhuh dhuh satriya utama //

aywa pinatèn wak mami / dasihira botên dosa / kalamun pinarêngake / kawula badhe suwita / dhumatêng sang minulya / sadhawuh kawula nurut / Dyan Sujana kanggêg ing tyas //

kanthi gawok ing panggalih / dene bisa tata janma / jalak bêcik sun abdèkke / bokmanawa bisa karya / kabungahan ing benjang / mangkana radyan nabda rum / hèh jalak kalamun nyata //

arsa suwita ing mami / sira nuli tumuruna / kang jalak tumurun age / dhêkêm na ngarsane radyan / sêmune solahira / ngêkêr kasusilanipun / sarta wruh ing tatakrama //

Dyan Sujana ngandika ris / hèh jalak ingsun têtanya / ngêndi sira pinangkane / sarta apa ingon sira / de bisa tata janma / kang jalak umatur dhêku / amba yêkti jalak wanan //

gèn amba sagêd mangrêti / tata wicaraning janma / saking mung kulina bae / ing nguni ulun kulina / mring lare-lare kathah / nèng pangonan tumut-tumut / gunêman caraning janma //

myang amba sakêdhik-kêdhik / anggêgulang mring krawitan / saking mêmpênge dasihe / anyêlaki wong amaca / lami-lami widagda / angulah lêmêsing têmbung / mring lêlagon ura-ura //

nadyan dèrèng anyêkapi / nging sampun lowung katimbang / lan bangsaning manuk kaot / wus sagêd ngrakit ukara / mring laguning wong nêmbang / kaote sarèhning manuk / sok wontên kithaling basa //

radyan kakênan ing galih / ngalêmbana jroning driya / pancèn lantip manuk kiye / sêmbada lan pelagira / pantês dèn pinilala / mèsêm ngandika sang bagus / hèh jalak sira sun tômpa //

gonira suwita mami / mêngko sun paringi aran / pantês Si Cundhuk arane / kang jalak matur sandika / sarwi matur têtanya / mugi tinêbihna ulun / sêsiku myang ila-ila //

dasihira kumawani / têtanya anilakrama / gusti ing pundi prajane / lan sintên kêkasihira / supadi tyas kawula / tan tidha-tidha wong bagus / suwita satriya tama //

radyan mèsêm ngandika ris / bênêr jalak aturira / wruhanta ingsun putrane / Sang Prabu Warsakusuma / nagri Banjaransêkar / Dyan Sujana jêjulukku / de praptaningsun jro wana //

lêlana angenggar budi / mung nganthi dwi panakawan / Si Jola Jali arane / Cundhuk nabda nolih wuntat / ki raka kalihira / mugi dèn samia rukun / kêkancan lan jalak wana //

kalihe nabda ya yayi / kang mantêp suwita dara / jalak angguguk sabdane / iya kakang iya kakang / radyan malih ngandika / Cundhuk ingsun arsa kondur / mring praja Banjaransêkar //

nunggala abdiku kalih / dhèrèka kondur mring praja / Cundhuk amanis ature / dhuh adhuh radyan ywa duka / sampun ginalih amba / mung lamisan atur ulun / kang sampun katur paduka //

tan mingkêt ing lair batin / sêdya mantêp suwitamba / amung samangkya dasihe / tan dhèrèkkên kondurira / awit sajatinira / nadyan amba bôngsa manuk / rèh kulina sabèng wana // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 9, 28 Ruwah Taun Ehe 1860, 29 Januari 1930, Taun V

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [129] ---

Ôngka 9, 28 Ruwah Taun Ehe 1860, 29 Januari 1930, Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Talaga ing Maninjo

[Grafik]

Panggenan sawangan ingkang adi kados gambar nginggil punika, kathah têtiyang dhatêng ningali.

--- 130 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja Ind. Arts ing Kudus

Sêsakit bêntèr tiyang èstri ingkang bakda gadhah anak (kraamvrouwenkoorts)

Tiyang èstri ingkang mêntas gadhah anak punika, wadhahipun bayi ing panggenan êmbing-êmbing, ingkang sampun uwal katut lair kalihan bayi, wontên tatu-tatunipun. Tatu-tatu ing wadhah bayi wau sagêd kalêbêtan rêrêgêd saking jawi nyarêngi wêkdal bayi utawi êmbing-êmbing mêdal. Dados katularan baktèri utawi basil ingkang ambêbayani. Mila tiyang èstri ingkang nglairakên bayi ngantos dumuginipun ganggas, punika kenging dipun wastani tiyang ingkang nuju sakit (kraambed). Ing wêkdal punika, tiyang èstri wau gampil kenging sêsakit, langkung-langkung tiyang èstri ingkang ringkih.

Limrahipun tiyang èstri ingkang nêmbe gadhah anak punika sasampunipun 2-3 dintên badanipun bêntèr sakêdhik 38°, jalaran toyanipun susu badhe mêdal (jawinipun: nawoni). Ing salêbêtipun sadintên utawi kalih dintên bêntèripun sagêd ical. Dene manawi bêntèripun têrusan kemawon, nandhakakên ing wadhah bayi katularan utawi kalêbêtan baktèri utawi basil.

Wadhah bayi ingkang tatu-tatu wau, ing sawatawis dintên, sakawit ngêdalakên êrah ingkang matêng abrit sêpuh, sasampunipun kintên gangsal dintên dumugi saminggu utawi langkung êrah bêning abrit sulak jêne, wêkasan dumugi 2-3 minggu wêdalipun êrah pêthak, lajêng sagêd pampêt, dados saras. Manawi langkung dangu têrusan ngêdalakên êrah abrit, punika nandhakakên ingkang gadhah anak sakit bêntèr (kramvrouw), ing nglêbêt wontên ingkang ewah. Limrahipun tiyang èstri ingkang saras, sasampunipun anglairakên bayi ngêdalakên êrah (kramvloed), botên mambêt utawi mambêt êrah amis sakêdhik, nanging samôngsa êrah wau mambêt botên eca, utawi mambêt bacin, punika nandhakakên wadhah bayi kalêbêtan baktèri utawi basil, lajêng sagêd thukul bêntèripun, dados tiyang èstri wau kenging ing sêsakit (infectie), ingkang jalaran baktèri katut ing êrah, lajêng sagêd nukulakên buikvlies onsteking ing pundi-pundi utawi wisa baktèri (toxine) waradin ing êrah lajêng sagêd thukul bloedvergiftiging, ingkang sangêt ambêbayani. Sêsakit ingkang thukul jalaran tatu-tatunipun wadhah bayi ingkang nêmbe nglairakên bayi lan êmbing-êmbing katularan baktèri punika, namanipun kraamvrouwenkoorts.

Tiyang èstri ingkang kataman sêsakit wau bêntèr sangêt, sagêd ngantos 40° utawi langkung, mawi andhrodhog, wêtêng kêmplung-kêmplung lan malêmbung, manawi kagêpok utawi kagrayang karaos sakit. Êrah ingkang mêdal saking wadhah bayi mambêt badhêg utawi bacin, kêtêging tangan rikat, ambêgan [ambê...]

--- 131 ---

[...gan] mênggèh-mênggèh ugi rikat. Ingkang sakit asring nuntak-nuntak, andalêming trêkadhang botên èngêt kadosdene tiyang ingkang setanên.

Adat tiyang èstri ingkang katrajang sêsakit punika kathah ingkang tiwas. Manawi saras, sakitipun ngantos wulanan utawi sataun langkung, ananging badanipun inggih risak sangêt, rambut sagêd bodhol lajêng gundhul, kêra sangêt lan ringkih. Ingkang botên saras salêbêtipun 14 dintên dumugi 2-3 wulan sagêd pêjah.

Pamulasaranipun ingkang sakit, ingkang prayogi kêdah wontên ing griya sakit, kapapanakên piyambak, têtêdhanipun ingkang êmpuk-êmpuk, kados ta: puhan, tigan lan sanè-sanèsipun ingkang kathah vitamine nipun. Jampi suntikan ingkang prêlu dipun jampèkakên, kêdah kapatrapakên ing dhoktêr piyambak.

Panjagi panulakipun sêsakit wau, tiyang ingkang badhe manak, sadèrèngipun kêdah rêrêsik ing pawèstrèn, wulu utawi rambut pawèstrèn kêdah dipun icali. Dhukun utawi vroedvrouw ingkang badhe nulungi kêdah saras, botên kenging korèngên, gudhigên, tatu utawi sêsakit sanès-sanèsipun ingkang sagêd nular, lan malih pangangge kêdah rêsik. Badhe kasambêtan.

Pawartos Wigatos

Lintah dharat.

Punapa ingkang dipun wastani lintah dharat, para maos kados sampun botên kêkilapan, inggih punika tiyang ingkang pakaryanipun nyambutakên arta mawi sarêman tikêl têkuk, wontênipun anjrah ing pundi-pundi, ing kitha ingkang agêng-agêng, ing kitha ingkang alit-alit ngantos malêbêt ing dhusun-dhusun. Dene ingkang dados mangsanipun ingkang kathah inggih tiyang siti piyambak, kabêkta saking anggènipun botên sagêd anggêmèni pamêdalipun, gêsang mubra-mubru ingkang botên wontên tanjanipun, satêmah lintah dharat wau wontênipun botên mêndha malah saya subur gêsangipun. Kajawi punika kathah kemawon tiyang ingkang jalaran saking kaslêpêk ing bêtah, lajêng korup kenging kapiluta dening manising lintah dharat, malah ingkang kapiluta wau trêkadhang botên rumaos manawi sajatosipun sampun lumêbêt ing jirêt, angèl sangêt sagêdipun uwal. Lêrês wiwit taun 1916 sampun wontên woekerordonanntie ingkang mratelakakên bilih pangadilan dipun kuwasakakên suka kamayaran dhatêng tiyang ingkang kapitunan utawi ambatalakên prajanjian, manawi kagalih pamêndhêting sarêman kawratan, ngantos adamêl rêkaosipun, nanging bab punika para lintah dharat ugi botên wêgah. Dene rekadaya ingkang dipun tindakakên samangke supados mangsanipun botên badhe sagêd gagal, inggih punika sarana sêrat accept, ingkang kapurih nèkên dening tiyang ingkang nyambut. Mênggah ingkang

--- 132 ---

dipun wastani sêrat accept punika sêrat sambut apisambut tumrap bôngsa Eropah ing bab lampah dagang, mila ing salêbêtipun sêrat accept wau botên namung piyambakipun piyambak ingkang kasêbutakên sudagar, nanging ingkang nyambut kaawadakên sudagar ugi. Inggih awit saking rekadaya punika para lintah dharat lajêng giyak-giyak malih, mangsanipun botên wontên ingkang gagal.

[Grafik]

Pangrèh panuntuning Anti Woeker-Commisie saking kiwa manêngên, Tuwan-tuwan W.S. de Haas, pangagênging Tucht-Opvoeding en Amrwezen, Mr. P.G. Bijdendijk, voorzitter Landraad, Mr. K.L.J. Enthoven, pangarsa Mr. van Uchelen, panitra Th. A. Meister residhèn punsiun Loa Sek Hie, warga rad kawula R.M.A.A Kusuma Utaya, warga rad kawula W. van Balen, warga rad kawula Mr. Th. A. Fruin, dhirèktur Centrale Kas J.J.B. Ostmeier, adpisur A.D.E.K. saha C.J. Hulshoff voorzitter Anti Woeker-vereeniging ing Bandhung.

Tujunipun lajêng katungka adêgipun Anti-Woeker-Vereeniging ing Bandhung ingkang sêdyanipun badhe ananggulangi krodhanipun para lintah dharat. Dumuginipun samangke sampun kathah sangêt ingkang kapitulungan, sakêd uwal saking jirêting lintah dharat. Pakêmpalan kasêbut nginggil ugi adamêl propagandhah wontên ing pundi-pundi, nêrangakên bilih tiyang punika kêdah ngatos-atos ing gêsangipun, sampun ngêbrèh, sampun giri-giri pados sambutan dhatêng lintah dharat, ingkang botên sande badhe nuwuhakên kasangsaran. Bab punika pamarentah ugi botên kêkilapan. Malah sampun ngawontênakên Anti Woeker Commissie ingkang kapatah nyinau saha suka panimbang minôngka pananggulang saha nyirnakakên wontênipun wukêr.

Minôngka pungkasaning wawasan bab lintah dharat punika, bêbasan sadhiya payung sadurunge udan, katimbang nguculi jirêt ingkang sampun sumingsêt, kados langkung prayogi tinêbihna kemawon, liripun, sampun ngêdalakên arta ingkang botên wontên tanjanipun, dene manawi wontên kaslêpêking bêtah prayogi nyuwuna pitulungan dhatêng pagantosan ingkang nyambutakên arta kalayan sarêman mayar.

--- 133 ---

[Grafik]

Gambar pambikakipun rad Kabupatèn Kudus.

Adêgipun Rad Kabupatèn ing Kudus

Ing dintên Sênèn tanggal 13 Januari 1930 rad Kabupatèn Kudus kalampahan ngadêg.

Sadèrèngipun tuwan residhèn rawuh, lid-lid rad kabupatèn sampun sami wontên, makatên ugi pangarsa, sèkrêtaris saha dhirèktur padamêlan rad kabupatèn ugi sami satata.

Dene ingkang sami ningali inggih kasadhiyanan kursi ing salèr, sawetan saha sakilènipun panggenan rad. Ingkang sami rawuh mirsani para luhur Jawi kakung-putri, ingkang Bupati Dêmak, Japara. Sanèsipun punika para tuwan-tuwan Walandi sanyonyahipun, para bôngsa Tionghwa, para priyantun, para sudagar lan tiyang bumi.

Jam sadasa Tuwan Residhèn Kudus rawuh, nitih oto kadhèrèkakên para asistèn residhèn, saha kumêndhan pèl pulisi, kajajaran ing ngajêng wingking pèl pulisi kathahipun suwidak sami numpak pit. Jlok saking oto rawuhipun tuwan residhèn katampi pangarsa kanthi lid Walandi satunggal, lid Jawi satunggal, lid Tionghwa satunggal. Tuwan residhèn lajêng têdhak dumugi ing palênggahan ingkang sampun kasadhiyakakên, manthuk maringi urmat dhatêng lid-lid, lid-lid lajêng ngadêg manthuk nyaosi urmat, lajêng sami lênggah malih.

Tuwan residhèn mêdhar pangandika, ing bab pambikaking rad kabupatèn wau.

Pangarsa rad kabupatèn gêntos mêdhar sabda, suraosipun anampèni dhawuh pangandikanipun tuwan residhèn ing saprêlunipun, saha ngaturakên panuwun dhatêng ingkang sami rawuh sadaya. Wusana lajêng sami lêlênggahan, saha salajêngipun bibaran, wilujêng.

--- 134 ---

Kawruh Sawatawis

Topèng

Topèng punika tumrapipun bôngsa Jawi sampun kêlimrah sangêt, kados awis ingkang dèrèng nate sumêrêp. Mênggah kêlimrahipun topèng punika wontên ing Jawi Têngah, dene lêlampahanipun mêndhêt cariyos ing jaman Jênggala tuwin barakanipun. Topèng wau wontênipun ing pawayangan kalêbêt ing lêlampahan ringgit gêdhog.

Miturut cêcariyosan Jawi, topèng punika anggitanipun Kangjêng Sunan Kalijaga, dene ingkang nglampahakên topèng (nopèng), dhalang asli saking tanah Sela. Nanging manawi miturut kawruh babad, wontênipun topèng wau sampun kina sangêt, malah sampun wiwit kala jaman kadewan. Nanging limrahipun bôngsa Jawi, piandêlipun tamtu namung mantêp amastani, bilih yasan nalika jaman kuwalèn, inggih punika jamanipun Kangjêng Sunan Kalijaga wau. Dene ing karangan punika botên badhe ngandharakên bab babad-babading topèng ing jaman kina, namung badhe nyariyosakên bab ingkang gêgayutan kalihan limrahipun topèng ingkang kasumêrêpan ing têtiyang jaman sapunika kemawon.

Topèng punika limrahipun wontên ing Surakarta namung dados têtingalan ing wanci siyang, mêndhêt lêlampahan jangkêp, dene ingkang nindakakên lampahan jangkêp wau topèng dhusun, limrahipun ingkang dados sami dhalang. Nanging tumrapipun ing kitha namung mêndhêt pêthilan kemawon, wontên tigang adêgan, inggih punika Gunungsari kalihan Regol, Klana kalihan Sêmbunglangu tuwin Pênthul kalihan Têmbêm, awis ingkang nindakakên lampahan jangkêp. Wontênipun botên nindakakên lampahan jangkêp, bokmanawi jalaran saking kêrèbyèkên, utawi kathah ingkang botên adamêl sêngsêm. Mila namung mêndhêt pêthilan tigang adêgan kapilih ingkang sae saha anêngsêmakên. Kados ta:

Adêgipun Radèn Gunungsari kalihan Radèn Regol, punika [pu...]

--- 135 ---

[...nika] ngatingalakên kalangkunganing jogèd tuwin kaalusaning gêndhing. Ing ngriku anggambarakên kaluhuraning satriya agêng, mawi banyolan ginêm tuwin patraping abdi kêkasih ingkang gumêlar ing ngriku, kêtingal sangêt, bilih kawibawaning sinatriya punika linangkung, tuwin katingal anggènipun mumpuni dhatêng ulah kaprajuritan. Inggih punika mirid saking pangandikanipun Radèn Gunungsari anggènipun tansah nimbali prajurit warni-warni, sanadyan tumandukipun namung dhawah dhatêng lêlucon, nanging ugi mêngku raos dhatêng kaprajuritan.

Adêgan Prabu Klana kalihan Sêmbunglangu, punika kajawi ngêtingalakên jogèd utwi gêndhing, ugi ngatingalakên wujuding tiyang karungrungan. Sanadyan Prabu Klana punika nata, bokmanawi malah nata binathara, ewadene nalika ing galih kataman cobi, ugi nêmahi risak, botên beda kados pamanahaning tiyang limrah. Têtela bilih dhawahing bingah lan susah punika botên pilih tiyang, sanadyan ratu pisan, raosing susahipun botên beda kalihan tiyang alit. Mênggah sangêting èmêngipun Prabu Klana ngantos katingal kados gingsiring panggalih. Tumrapipun wontên ing pawayangan, sang prabu tansah ngrêrêpi, ngantos kasupèn manawi sinewa ing wadya kathah. Malah ing ngriku dipun wujudi bêbanyolaning abdi kêkasih, ngantos ngambrah-ambrah, mênggah wosipun botên sanès namung damêl pangimur dhatêng risaking panggalihipun sang prabu. Kawontênan ingkang kados makatên punika kenging karaosakên dados wêwulang, dene tumrapipun wontên ing topèng, botên sangêt-sangêt katingalipun, bilih panggalihipun Prabu Klana sangêt risak, awit ing ngriku namung kêslamur tumindaking jogèd warni-warni. Dados wontênipun ing sawangan malah namung adamêl sêngsêm, mila limrahipun wontên ing topèng, ingkang dados kêmbang lambe punika Klana.

Adêgan Pênthul Têmbêm, punika wosipun inggih ngêtingalakên jogèd, nanging botên sapintêna, dene ingkang wos, ngatingalakên ing bab karawitan, awit ing ngriku ngatingalakên gêndhing warni-warni ingkang linut ing bêbanyolan, lan bêbanyolanipun wau ngatingalakên banyolanipun Pênthul Têmbêm, punika sakalangkung anêngsêmakên. Nanging sayêktosipun luconipun nama lucon pêjah, salaminipun botên santun, ajêk kemawon, makatên ugi Gunungsari Regol utawi Klana Sêmbunglangu. Tumrap tiyang ingkang katêmbèn ningali, tamtu kapingkêl-pingkêl, namung bab sêngsêming gêndhing, punika ingkang ajêg.

Bakaling topèng punika kajêng, milih kajêng ingkang alus sêratipun, utawi ingkang ènthèng, mênggah pikantukipun, alusing sêrat punika nyaèkakên dadosipun, dene ènthèng badhe sakeca ing pangangge, botên awrat, awit topèng punika panganggenipun wontên ing rai namung mawi cakotan ilat-ilatan wacucal wontên ing nglêbêt, dados saupami awrat, damêl rêkaosipun ingkang ngangge. Badhe kasambêtan.

--- 136 ---

Bab Tanêman

Nangkarakên Têtanêman Sarana Wiji

Sambêtipun Kajawèn nomêr 8.

Makatên ugi wiji ingkang enggal thukul, pananêmipun kêdah langkung cèthèk tinimbang kalihan ingkang dangu thukulipun. Wiji ingkang enggal thukul wau kêdah dipun sirami ajêg, inggih punika enjing sontên, supados pasitènipun botên garing. Awit antawising pananêm lan thukul punika botên sapintên laminipun.

Awis kêrêping pananêmipun wiji, manut agêng aliting thêthukulan. Yèn thukulan alit kêrêp, yèn agêng kêdah awis-awis. Tumrap bangsaning wowohan: dhêdhêraning wijinipun wau manawi sampun agodhong 3-4 rakit, puniki wiwit kenging kaputêr dhatêng papan sanèsipun, ingkang pancèn sampun kasadhiyakakên badhe katanêman. Pangêlihipun kêdah ngatos-atos, sampun ngantos adamêl pêdhoting oyod. Ing papan tanêman enggal wau inggih sampun ngantos kêkirangan lêmèn, punapadene siraman.

Prayoginipun nanêm wowohan punika kêdah mawi pranatan, katharik-tharik sipat kêncêng, awis kêrêpipun katêmtokakên, supados katingal sae, lan kaangkaha benjing manawi sampun agêng tuwuhipun, êpang-êpangipun sagêda sampun ngantos sêk-sêkan, awit punika anjalari kirang saening tanêmanipun, inggih punika pasitèn ing sangandhapipun wit, botên sagêd pikantuk soroting srêngenge nyêkapi, wasana siti wau dados bacêk, sagêd ugi adamêl garinging oyod sarta uwit.

Sawênèhing tiyang nanêm wowohan wontên ing pakawisan utawi pakêbonanipun, tanpa pranatan, tur dipun kêrêpi, pamrihipun supados sagêda ngundhuh wowohan wau langkung kathah. Pangintên ingkang makatên punika saèstunipun kirang prayogi, awit sanadyan piyambakipun sagêd ngundhuh wowohanipun langkung kathah, nanging namung sausum kalih usum, saya dangu saya suda, amargi gêsangipun têtanêman ingkang sêk-sêkan punika langkung cêlak tinimbang têtanêman ingkang kobèt, pramila prêlu kaèngêtana. Awit kajawi wohipun botên sagêd agêng-agêng, inggih sok kêra prakawis kirang hawa lan soroting srêngenge ingkang tumanduk dhatêng wit lan oyodipun, lan malih lêmèn ingkang dumunung ing pasitèn ngriku enggal sangêt têlasipun, amargi dipun têdha ing wit-witan ingkang samantên kathahipun. Mila tumraping wowohan, bôngsa manggis sapanunggilanipun, kêrêp-kêrêping pananêm kêdah 6 dumugi 10 mètêr longkangipun, dados botên katingal anggrumbul kados wana.

Amangsuli bab pangêlihipun dhêdhêran dhatêng papan ingkang katêmtokakên wau, sadèrèngipun katanêm, godhongipun kapunggêlana rumiyin, ingkang prayogi ngangge gunting, sabên godhong satunggal [sa...]

--- 137 ---

[...tunggal] kakantuna 1/4-ipun, prêlunipun supados toyaning tanêman wau sampun ngantos nguwab kathah-kathah, awit tanêman ingkang nêmbe dipun êlih punika panyêrotipun toya taksih sakêdhik sangêt, dados saupami nguwabing toya saking godhong kêkathahên, wit-witan wau sagêd alum, lajêng garing wusana pêjah. Kajawi saking punika, sawênèhing tanêman wontên ugi ingkang oyodipun kêdah kakêthok pucukipun sakêdhik, nanging botên prêlu kapunggêl godhongipun. Inggih punika tumrap bangsaning wit-witan ingkang oyodipun lajêr panjang sangêt sarta oyodipun rambut botên kathah.

Tanêman enggal wau prêlu dipun pagêri, lan kajagia sampun ngantos dipun cèkèri ayam, tancêbipun ingkang jêjêg, botên dhoyong, kêdah kêrêp nuwèni, yèn bêntèripun sangêt prayogi dipun kudhungi (yub-yubi), samantên ugi yèn jawahipun dêrês, sampun ngantos kêlêban utawi larud dening banjir. Dados sadangunipun kêdah tabêri lan gumati.

Wit-witan punika manawi ngajêngakên awoh kawastanan dhara, ing ngriku inggih tansah kaulat-ulatna, sampun ngantos karisak ing kewan punapadene kadamêl penekan lare. Yèn ngundhuh wohipun kasrantosna ngantos sêpuh saèstu, dados mênggah caranipun ayam utawi pêksi makatên botên elik. Yèn wontên kamladhehanipun, sampun ngantos katalompèn, enggal kabucalana, janji talatos tamtu tuwuhipun sae, godhonghipun lêdhung-lêdhung, wohipun ambiyêt.

Nir rasa. Tumpang-Malang.

[Grafik]

Pacinan ing Singgapura.

--- 138 ---

Waosan Lare

Sapu Ilang Suhe

VI. Wiwit tumindakipun lêlampahan.

[Dhandhanggula]

Amiwiti carita saiki / Abdulah wis aran uwong ana / sugih bôndha omah gêdhe / anake lêmu-lêmu / samubarang ditandur dadi / wong utang ora ngêmplang / mung sarwa sêmpulur / dalah bab ingon-ingonan / gêdhe sapi cilike têkan ing pitik / padha kalis lêlara //

anak barêp dijênêngke Ngali / banjur Kasan sumundhule Rahman / sing wedok Siti jênênge / padha diwêlêg wuruk / pancèn dhasar bocahe bêcik / mula Kaji Abdulah / bungahe anutug / rumasa tinunggu bêgja / bêbasane apa sing dicipta dadi / ora tau kacuwan //

anak tuwa sing jênênge Ngali / isih bocah uwis bisa dagang / bisa prigêl mrana-mrene / bapakne nganti gumun / ing batine nganti ngarani / dudu karêping bocah / dene isih lêmbut / tindake kaya wong tuwa / wêruh bangêt marang tumindaking dhuwit / tur kabèh sarwa tata //

awit saka lêgane ing ati / lan manèhe saka wis pitaya / Kaji Abdulah karêpe / Ngali saya dituntun / digawèkke warung acèkli / dodolan samubarang / manggon ana kampung / sarupaning butuh ana / malah nganti bôngsa gêlas cangkir piring / kabèhe ana pêpak //

sasat mêntas anake sing siji / dene Kasan dêprêdidiprêdi. sekolah / iya ketok ing majune / sakèhing wulang wuruk / bisa gampang tumanêm manjing / titikane wis cêtha / marojol ing ukur / mula nadyan isih bocah / uwis ketok yèn bakal dadi wong luwih / sêmune wis katara //

katêlune Rahman ing saiki / padha bocah ketok sajak kêmba / kêndho samubarang gawe / mung narima lan nurut / ora tau anyulayani / wêdi mênyang wong tuwa / trêsna nyang sadulur / ora tau pasulayan / yèn kalane ana grêjêg trima nyingkir / lumuh bangêt padonan //

watêkane sing mangkono kuwi / nadyan isih bocah wis katara / ngeman mênyang wong tuwane / upama nuju wêruh / wong tuwane turu kêpati / bangêt gone anjaga / môngka nganti krungu / ana wong rame gunêman / alon-alon nyang uwonge angêsêti / dipênging padha nywara //

lan yèn wêruh wong tuwane sêdhih / ketok sajak kaya milu susah / sêmu kaya ngrasakake / môngka yèn mirid umur / durung patut duwea pikir / susah kaya wong tuwa / nanging Rahman mau / mungguh satêmêne nyata / bangêt bodho mung dhêdhasar ati bêcik / katitik cilik mula //

dene mungguh Rahman katiban sih / saka biyung manawa kêgawa / saka ketok ing wujude / dene ragile iku / bocah wedok sing jênêng Siti / ketok rada ugungan /

--- 139 ---

mung tansah dinulnul / kêtiban êsihing bapa / cilik mula mung cumanthèl dadi ati / wis ora tau pisah //

cêkakane kêna diarani / Kaji Dulah ditunggu ing bêgja / ora kurangan uripe / sapa wonge sing wêruh / mêsthi duwe rasa kapengin / ananging yèn dirasa / sing mêngkono mau / mung tinêmu ing sawangan / sanyatane mungguh lakune wong urip / sababe mêsthi ana //

awit mungguh anane dèn kaji / jênêng têtêp aran uwong tuwa / wiwit nindakke pikire / mêmardi mênyang turun / ing têmbene supaya bêcik / iku luwih rêkasa / ora kêna kliru / awit yèn ta kalakona / nganti luput uwong tuwane sing rugi / wong liya kari nyawang //

nanging mungguhing bab anak kuwi / yèn dirasa prasasat cangkriman / ing bab besuk tinêmune / kaya Abdulah mau / sing digadhang bisa nulungi / mêsthine ora liya / Si Ngali ing besuk / awit wis kêtitik cêtha / isih bocah wis prigêl nindakke dhuwit / nyang among dagang bisa //

kalumpuking sih mung rono kuwi / samubarang ora ana madha / mung ngalela Ngali dhewe / biyunge sok anyêbut / ing batine rada ngêprêti / saka bangêt murina / nyang anak sing têlu / sajake ora kêcacah / kajabane anake sing wedok kuwi / nanging ya durung padha //

nganti tau sing wedok nakoni / bok ya aja bangêt le dibeda / kabèh iya anak dhewe / nanging sing kopuk-umpuk / ora liya êmung Si Ngali / liyane ora kocap / sing lanang angguyu / tumuli alon akôndha / lo sing ngono kowe kudu duwe pikir / aja kêliru tômpa //

awit mungguh anane Si Ngali / jênêng anak sing kêtêmu tuwa / sing mêsthi dadi gêntine / wong tuwane ing besuk / dadi wajib wêruh lan ngrêti / nulat gawening bapa / aja nganti kidhung / dene mungguh anak liya / ora pisan yèn nganggo takprinci-princi / wong jênêng padha anak //

wis ta bokne aja mikir-mikir / môngsa iya aku duwe niyat / ora bêcik nyang liyane / kowe ngandêla têrus / karo aja kêndhat amrêdi / ing tindak sing utama / nyang anak-anakmu / aku iya ora kêndhat / amêmuji têtêpa bisa lêstari / dikanthi ing wong tuwa //

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun talaga Tanganikah (Aprikah).

--- 140 ---

Rêmbagipun Sêmar, Garèng, lan Petruk

Bab Tiyang Gadhah Damêl.

I

Garèng: Truk, Truk, têkaku sapisan kiyi, aku arêp rêmbugan karo kowe ing bab prakara pênting bangêt. Iya sapa manèh sing kudu dak ajak rêmbugan kajaba kowe utawa rama, nanging sadurunge aku nyuwun rêmbug karo rama, bab kiyi arêp tak rêmbug karo kowe nganti matêng dhisik. Mungguh sing arêp takrêmbug kiyi, prakara prunanmu Si Poniyêm. Nèk miturut panêmuku sêkolahe kaya-kaya iya wis nyukupi, malah saikine wis olèh èksamêne kanggo: lirling mantri plik plikêr. Apamanèh olah-olahane, rasane, wah, nyamlêng têmênan, ora ngêmungake bisa olah-olah thok bae, sanadyan nyêmbuh olah-olahan sing wis dadi iya bisa, tandhane lagi anu kae: anggorèng tempe bumbu asêm, barêng tak pangan jêbul kasinên, e, barêng tak gumbrêng, sorene banjur disêmbuh malih dadi: oblok-oblok. Mara, apa ora pêng-pêngan. Nèk wujude Poniyêm mono iya ora ayu, mung lumrah bae, nanging manise, lo kuwi ulêng-ulêngan mêrakati têmênan.

Petruk: Anggonmu mangkono kuwi rak saka angênggoni bêbasan: kêncana wingka. Sanadyan wujude kaya wingka pisan, ning nèk tlètèke dhewe kuwi anggêpe ya kaya kêncana kae. Panganggêp kang kaya mangkono kuwi pancèn iya wis lumrah, aku dhewe kurang sacêplik bae, mèh kawirangan gêdhe, iya jalaran saka ngênggoni bêbasan mau. Lo, kuwi mangkene: sawijining dina gurune Kamprèt têka nyang omahku madulake kanakalane Si Kamprèt ana ing sêkolahan. Kala samono aku jaja bang mawinga-wi têmênan. Hla apa mèmpêr, ingatase anakku, têka diadul-adulake, jarene Kamprèt kuwi nèk anjajan pêcêl ana ing sêkolahan, sanadyan mung rêga sasèn, saradane sok anjaluk tambah sambêl kanthi nyidhuk dhewe. Omonge guru mau, anggone nyidhuk sambêl dhewe kuwi prêlune mung arêp ngêlêr rêmpèyèk karo gorengan sarèn. Lo, andak mèmpêr kiyi, lo, kuwi ingatase anakku. Tujune gurune mau sabar, ajaa rak sida kalakon tak ajak plothotan wudun têmênan.

Garèng: Hla, nèk ngono kuwi ora bêcik. Wong tuwa wis mêsthine kudu trêsna nyang anak, nanging katrêsnane mau aja nganti gawe kapitunane anak utawa awake dhewe. Dadi yèn ana wong wadul apa-apa, luwih-luwih yèn sing wadul mau gurune, wajibe kowe rak kudu tarima kasih, lan sabanjure kudu dititipriksa dhisik bênêr lan orane. Dumèh trêsna bangêt karo anake, rumasane anake ora bakal bisa

--- 141 ---

nindakake barang salah, pungkasane banjur arêp ngajak boksên karo sing madulake. Mêngko rak diarani wong tuwa cêthèk budine. Saiki ambalèni rêmbugku ing ngarêp mungguh prunanmu Si Poniyêm, lo, saiki ana sing nglamar, iya klêbu bangsaning bocah pangajaran, wis olèh dhêklomah saka Ambahsêkul, malah jarene wis nyambut gawe dadi: dhoktêr montor.

[Grafik]

Petruk: Yah ana dhoktêr kok dhoktêr montor. Karêpmu rak tukang andandani motor, ta, kuwi jênênge rak montir. Nèk timbanganaku, nèk cara jaman saiki kiyi, anggêre loro-lorone wis padha: srêg, bok iya: lung, diwènèhake.

Garèng: Rekaku mono, ing sarèhning mantu kang kapisanan, iya arêp tak gawe gêdhèn, niyatku arêp: tayuban, wayangan, trêbangan barang kae.

Petruk: Cocog. Awit nèk anggonmu duwe gawe mung arêp calimèn bae, kuwi akèh alangane. 1e apa kowe ora isin karo tôngga têparomu, mêsthine padha ngrasani mangkene: O, hla kok nyolong pêthèk, Mas Bèi Nala kae tak arani rak wong brêgas jaba jêro, jêbul mung pêthunthang-pêthunthunge bae, ana wong mantu lagi sapisanan, têka sêpa-sêpi mêngkono, tanpa nganggo nyêmbêlèh êgong barang, 2e. Apa kowe ora mêlas karo anakmu. Nèk kok ramèk-ramèkake gêdhèn, rak kêna kanggo pêngeling-eling besuke: wadhuh, ora kaya aku lagi dadi pangantèn, ramene nganti kaya cèmbèng. 3e. Kowe kudu ngèlingi, saya gêdhèn anggonmu mantu, rak saya akèh olèhmu sumbangan. Nèk ana gamêlane upamane, sing maune mung arêp nyumbang sêtalèn, iya banjur rikuh, sida-sidane iya banjur: jrèng, sarepis.

Garèng: Sokur ta sokur, yèn kowe rumujuk nganakake rame-rame. Ayo, saiki padha nyuwun rêmbug karo si rama.

Sêmar: Lo, kuwi kok Garèng karo Petruk padha kêthumuk-kêthumuk têka mrene. Nèk andêlêng [andê...]

--- 142 ---

[...lêng] polatane sajake kaya ana rêmbug sing wigati. Mara, Rèng, aja rikah-rikuh, tumuli caritakna kang dadi karêpmu.

Garèng: Mungguh sowanku nyang ngrêsamu kiyi, rama, sanyatane arêp nyuwun rêmbug karo panjênêngane si rama ing bab wayahmu Si Poniyêm, yèn saikine ana sing nglamar, sarta aku ya wis cocog. Saka rêmbuge putramu Si Petruk, ing sarèhning iki mantu kang kapisanan, supaya diramèk-ramèkake gêdhèn, sabisa-bisa kudu nganggo klênat-klênit barang.

Sêmar: Hêm, iki saka rêmbuge Petruk. Hla, apa kowe wis duwe pawitane sing kanggo wragad anggone arêp rame-rame bêsar-bêsaran kuwi.

Petruk: Bab kiyi ora prêlu kuwatir, awit aku duwe têpungan bôngsa Arab, kang saguh arêp mawiti. Lagi anu malah têka nyang omahku, nawani aku mangkene: Aphah Tuwan mau phêrlu phakik phulus, sêratus, dhua ratus pholih. Phinjêm sêratus, saphin phulan phayar dêlaphan phêlas, sêphuluh phulan abis.

Sêmar: Hla, kiyi jênêngane rak tulung mênthung, ana utang satus rupiyah, anggone ambalèkake ing dalêm sêpuluh sasi kok f 180-, kajaba kuwi sing kok jagakake kanggo bayar apa.

Petruk: Anakan samono kuwi rak yèn pambayare nganti sapuluh sasi, nanging panganggone dhuwitmu sawatara dina bae, rak luwih murah. Dene sing kanggo ambalèkake rak gampang, mêngko olèh-olèhane saka sumbangan, rak luwih saka samono.

Sêmar: We, hla, sêmono bantêre panggodhaning setan, sarèh-sarèh, padha ngombea wedang dhisik, bab kiyi kudu dirêmbug kanthi adhêming pikir.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Sampun sawatawis wulan, ing Pantecêrmin (S.O.K.) kadhatêngan satunggiling tiyang èstri bôngsa Acèh, ngakên nama Têngku Cut têdhakipun Putri Hijau ingkang kasêbut ing dalêm dongèng, dhatêngipun ing ngriku mawi numpak ulam lodan, lajêng atêtruka ing satêngahing wana. Dados ahli nujum sumêrêp sadèrèngipun winarah. Tamtu kemawon para têtiyang ngriku lajêng kèlu ing manah sami gumarubyug dhatêng papan dunungipun prêlu nyuwun kasawaban ing ngèlminipun. Mugi bab punika sampun ngantos kalajêng-lajêng ingkang badhe botên prayogi kadadosanipun.

Kawisudha dados pokrul (procureur) ing rad pan justisi ing Surabaya Radèn Sukarja Wiryapranata, suwau rechtskundig lid landrad ing Malang.

Kawartos bilih Mr. Bekkering Officier van Justitie ing Medhan sampun pangkat dhatêng Rio prêlu mriksa prakawis ingkang ragi nyalawados. Samangke Sum. Post mirêng kabar, bilih angkatipun Mr. Bekkering wau gêgayutan kalihan sêrêgan tumuju dhatêng satunggiling nangkoda bôngsa Tionghwa ing Tanjungpinang, kadakwa nyade kapal ingkang dados têtanggêlanipun, darbèkipun satunggiling kongsi, nanging arta pêpajêngan dipun kanthongi piyambak.

Kados ingkang sampun kawartosakên ing Kajawèn ôngka 6 Tuwan M.H. Tamrin sampun kapilih dados Wethouder. Nalika tanggal 21 Januari punika panjênênganipun kalêksanan kapilih dados loco-Burgemeester II. Dados samangke pasulayan ing rad gêmintê Batawi sampun sirêp.

--- 143 ---

Pangagênging pakaryan kasarasan ambayawarakakên bilih kitha Sêmarang wêkdal samangke katrajang sêsakit pès.

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral benjing dintên Rêbo tanggal 5 Pèbruari 1930 wanci jam sanga enjing kaparêng ngawontênakên audientie tumrap umum wontên ing pura Wèltêprèdhên. Sintên ingkang badhe ngadhêp sadèrèngipun kêdah suka sumêrêp rumiyin sarana sêrat dhatêng ajudan dalêm ingkang wicaksana kanthi kacêthakakên bab punapa ingkang badhe kaunjukakên.

Wontên pawartos, ing Surakarta sacêlakipun Purwasari badhe kawontênakên pabrik sigarèt enggal. Nama pabrik sigarèt Priyayi. Ingkang ngêdêgakên saha ingkang badhe dados dhirèkturipun Tuwan J.A. Dezentje Hamming, dene para komisarisipun inggih punika Tuwan W.A. van Luyk dhirèkturing Escomto-Maatschappij saha Tuwan M. Gulcher administratiring pabrik gêndhis ing Rêwulu, malah fonds Mangkunagaran ugi tumbas andhilipun Tuwan J.A. Dezentje Hamming dèrèng dangu punika sampun pangkat dhatêng Eropah prêlu tumbas mêsin ingkang badhe kangge. Manawi kalêksanan bokmanawi badhe sagêd kabikak benjing wulan Juni ngajêng punika.

Kawartosakên, ingkang bupati ing Bandhung R.A.A. Wiranata Kusuma saèstu badhe kawisudha dados warga College van Gedeputeerden rad propinsi Jawi Kilèn, gêgayutan kalihan badhe kawontênanipun warga bôngsa pribumi kawêwahan satunggal. Dados badhenipun warga bôngsa pribumi 2, bôngsa Walandi 2 sarta bôngsa Tionghwa 1.

Wêkdal samangke kônca tani ing ing bawah Pêlabuhan Ratu ugi sami angêsah, jalaran sampun lami babar pisan botên wontên jawah. Watawis wontên siti 500 bau ingkang kalajêng kabêrakakên botên kagarap, dene ingkang sampun katanêman wontênipun ragi nguwatosakên.

Wontên pawartos, putra saha wayah dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan 7 sampun rawuh ing Bandhung, kairid dening Kangjêng Pangeran Jatikusuma ingkang dados pangarsaning schoolcommissie ing kraton, gêgayutan kalihan pasinaonipun. Putra wayah dalêm wau sami kadalêmakên ing dalêmipun satunggiling hoofdofficier, makatên ugi B.R.M. Raisul saha B.R.M. Alpo, putra dalêm Kangjêng Sultan ing Ngayogya sami kadhawuhan anglajêngakên pasinaonipun ing Mulo Bandhung, kadalêmakên ing dalêmipun tilas litnan kolonèl Tuwan De Boer.

Prof. Rodenwaldt insêpèkturing pakaryan kasarasan umum ing Jawi Wetan, dèrèng dangu punika tindak dhatêng Madura prêlu nitipriksa kawontênanipun kadhistrikan barat laut, timur laut, saha bundêr ingkang wêkdal samangke katrajang ing sêsakit malariah. Gêgayutan kalihan bab punika Dr. Susila, Arts. tumrap pananggulanging sêsakit malariah ugi sampun pangkat dhatêng Madura. Têtiyang ing ngriku sami dipun dumi tablèt kininê, inggih punika rekadaya ingkang pêng-pêngan piyambak minôngka pananggulanging pagêblug malariah. Antawisipun tanggal 30 Dhesèmbêr kalihan 14 Januari punika ing ondêr dhistrik Pragaan, cacahipun tiyang ingkang ngajal wontên 150, ing ondêr dhistrik Blulo antawisipun tanggal 30 Dhesèmbêr kalihan 10 Januari wontên 104, sadaya jalaran sakit malariah.

Mr. R.Ng. Subrata gedeputeerde rad propinsi Jawi Wetan sampun apacangan kalihan Radèn Ajêng Kus Andrinah Sri Sulistyawati, salah satunggilipun putra putrinipun Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya. Saha botên dangu malih lajêng badhe kadhaupakên.

Krigsraad ing Cimahi sampun angrampungi prakawisipun saradhadhu bôngsa Mênadho ingkang nalika ajar-ajaran pêrang (manoeuvre) ing bawah Cirêbon sawatawis wulan ingkang kapêngkêr sampun soroh amuk wontên ing kampung Sindhangjawa, ngantos adamêl tiwasipun tiyang sawatawis. Karampunganipun, jalaran têtela ragi ewah pikiranipun, tiyang wau kalêbêtakên ing griya tiyang sakit ewah.

Nalika tanggal 24 Januari punika rad propinsi Jawi Têngah sampun tapak ngawontênakên parêpatan ingkang wiwitan, dipun pangarsani dening paduka Tuwan Gupêrnur van Gulik, Tuwan J. Gerritsen kapilih dados sèkrêtaris, dene ingkang kapilih dados gedeputeerde Tuwan-tuwan Ir. Wouter Cool, Zijlmands, Emmichoven, Ir. Dr. Han Tiauw Tjong, saha R. Sasra Adikusuma.

Pawartos saking Administrasi

Agèn nomêr 310 ing Pedan, rèhning wontên lêngganan 3 ingkang dèrèng ambayar, wiwit Kajawèn nomêr 7, panjênêngan namung nampi f 1,-.

Lêngganan nomêr 4490 ing Magêlang. f 3,- punika tumrap wulan Pèbruari dumugi Juli 1930. Dhuplikat No. 6 en 7 sampun kakintun.

Wangsulan saking Redhaksi

Tuwan S. ing Madiun. Karangan panjênêngan botên kapacak amargi cêcriyosan kados makatên punika sampun nate kapacak ing Kajawèn. Gambar kakintunakên wangsul. Nuwun.

Tuwan A.K. ing Mêsir. Kajawèn botên ngawontênakên pituwas tumrap karangan.

Langganan nomêr 4684 ing Parang. Suraosing karangan panjênêngan sae. Namung taksih wontên ingkang kirang langkung. Botên kapacak.

--- 144 ---

Wêwaosan

Rara Rêjêki

Karanganipun Radèn Lurah Sastrayagnya ing Surakarta.

7.

[Asmaradana]

mitra amba warni-warni / paksi myang bêburon wana / kidang mênjangan myang banthèng / andhapan sênuk myang warak / sima kêthèk rangutan / kêkathahên yèn dèn etung / sadaya sèsining wana //

kajawi kulina sami / kalamôngsa sinêdhahan / kinon crita lan andongèng / myang kinon abawa swara / mila pra buron wana / asih trêsnane mring ulun /pindha kadang nunggil yayah //

katrêsnan ingkang kadyèki / dasihnya saklangkung awrat / yèn banjur tinilapake / kenging winastanan amba / tan wruh ing tatakrama / miwah winastanan ulun / tan ngajèni mring kanthinya //

[Kinanthi]

amrih prayogi dinulu / ngangge tata mawi pamit / mring kancane nunggil saban / mrih cipta ywa sônggarunggi / mila gusti dasihira / nyuwun pamit angantuni //

pamit mring kônca sadarum / yèn wus rampung nusul nuli / sowan paduka mring praja / radyan mèsêm ngandika ris / apa kêna sun pracaya / Cundhuk aturira iki //

Cundhuk matur lan angguyu / dhuh gusti kula wong sigit / nadyan bangsaning kukila / nging amba sampun udani / mring tindak bêcik lan ala / sarta jrih wilalat gusti //

paduka putraning ratu / sintên kang wani nyidrani / antuk sikuning Hyang Suksma / yèku kang ulun wekani / botên darbe watak amba / luwêsing atur mung lamis //

radyan ngandika jro kalbu / mokal Si Cundhuk blenjani / ature titis tur cêtha / kalamun ingsun cukêngi / kalah luhur lan kukila / sung lingsêm maring Hyang Widhi //

nulya ngandika hèh Cundhuk / sira mangkin sun lilani / kèri pamitan mring kônca / nanging Cundhuk wêkas mami / ywa kasuwèn anèng wana / enggal nusula ing mami //

ngangêni kabèh aturmu / Cundhuk sandika turnèki / Jola Jali sêru nabda / besuk yèn anusul gusti / yayi Cundhuk aku minta / olèh-olèh munyuk èstri //

tak go ngênêng-nêngi putu / Cundhuk nabda anyukikik / panjalukmu luwih mokal / aku mung bangsaning paksi / mêsthi ora bisa gawa / munyuk bôngsa kewan kêsit //

Jola Jali guyu guguk / lamun tan bisa ya uwis / mung poma-poma ywa cidra / Cundhuk awacana aris / kakang ora kakang ora / aja slamêt yèn nyidrani //

radyan nulya pangkat kondur / dwi panakawan tan kari / Cundhuk kang kantun anggana / tyas kaduwung dènnya kari / panglocitaning wardaya / lir mangan barutu mami //

prakara pamit sadulur / bênêre katêmu wuri / kalamun wus sawatara / nèng praja anyuwun pamit / anêmoni mitra-mitra / gustiku mêsthi nglilani //

ran wus têtêp pangabdiku / balik lêlakonku iki / durung kêna winastanan / dadi abdining priyayi / isih têtêp manuk wanan / durung kulinèng priyayi //

miwah ana manèkipun / yèn ingsun nusul mring nagri / gèk gustiku Dyan Sujana / anambahi marang mami / lali duwe abdi jalak / yêkti sèwu merang mami //

puluh-puluh wus kabanjur / luputku sok nganyih-anyih / mring bandara dupèh trêsna / bungahe yèn dèn turuti / kongsi lali akalira / kaliru mring tindak sisip //

lêlakonku iki mau / mula puntoning tyas mami / rèh panggawe wus kêwuntat / mangkya mung kudu nêtêpi / golèki pra mitra-mitra / kang arêp ingsun pamiti //

têgêse tan cidra wuwus / mring bandara kang nrêsnani / sawusing tyas manglocita / jalak lumêbèng wanadri / nusup glagah rêrayungan / dilalah karsèng Hyang Widhi //

manuk-manuk samya nglumpuk / myang sato galak mênuhi / jirap nèng soring mandira / pra paksi pating palangkring / samya kagyat wruh praptanya / mitrane si jalak putih //

pra sato malih amuwus / dhuh mitraku jalak putih / mênyang ngêndi gonku lungan / de lawas nora kêpanggih / jalak amaluyèng sabda / mêngko-mêngko sun tuturi //

kabèh para mitraningsun / ywa rame brêbêgi kuping / dèn telingna ujar ingwang / sira padha sun tuturi / sajatine raganingwang / mula suwe tan kaèksi //

aku pinèt satriya gung / ing Banjaransêkar nagri / kêkasih Radyan Sujana / dene ingkang asêsiwi / Sang Prabu Warsakusuma / satriya ambêg marta sih //

kinarya klangênanipun / tan kêni pisah yèn guling / agung dènnya ngêla-êla / tinurut sakarsa mami / de pisahku iki arsa / nêmoni ing sira sami //

prêlu pamit ing sirèku / rèhning padha kula-kuli / dèn padha samya nglanggêngna / katrêsnan salami-lami / nadyan ing mêngko sun pisah / kalamôngsa sun tiliki //

singa barong sarêng krungu / ujare sang jalak putih / bangêt bungah ngalêmbana / sokur yèn sira kinathik / dening Rahadyan Sujana / putra ing Banjaransari //

para kadangmu jumurung / ananging pitutur mami / nadyan sira wus widagda / sakridhanirèng dumadi / nanging parikudu ingwang / wèh tutur supadi eling //

pawitan suwitèng ratu / limang prakara ywa lali / têmên kang mantêp ciptanta / wêkêl agêmi nastiti / têgêse mangkene jalak / wijange sawiji-wiji //

têmên iku têgêsipun / kudu nurut rèhing gusti / yèn dinuta ywa slewengan / yèn durung rampung ing kardi / kang cêtha ywa matur dora / dadi nora mindho kardi //

mantêp iku têgêsipun / bandara anggêpên Gusti / Pangeran kang murbèng sira / ywa sêmang-sêmang ing kapti / wit iku môngka lantaran / ing lair sambunging urip // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]