Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-02, #1645

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1930, #1645
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-01, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #354.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-02, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #355.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-03, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #356.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-04, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #357.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-05, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #358.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-06, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #359.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-07, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #360.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-08, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #361.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-09, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #362.
10.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-10, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #363.
11.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-11, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #364.
12.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-12, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #365.

Ôngka 10, 2 Pasa Taun Ehe 1860, 1 Pèbruari 1930, Taun V

Kajawèn

[Iklan]

--- [145] ---

Ôngka 10, 2 Pasa Taun Ehe 1860, 1 Pèbruari 1930, Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Ambon

[Grafik]

Sawangan ing Ambon sacêlaking palabuhan.

--- 146 ---

Ngobrol ing Dintên Sabtu

Bab Pamanggihipun para Ahli Anggagas

Kala ing dintên Sabtu ingkang kapêngkêr kados sampun cêkap anggèn kula ngandharakên mênggah nami kula, samangke kula badhe miwiti obrolan kula. Ing sarèhning punika nama: obrolan, panyuwun kula dhatêng para maos, sampun sami kawaos, awit ingkang 99% têmtu omong kosong, têgêsipun ingkang sabagian agêng têmtu bangsanipun ngayawara alias botên nyata. Dene manawi mêksa ngrêsakakên maos, inggih sampun pitados punapa ingkang kula obrolakên wontên ing ngriki, kaanggêpa dede barang-barang kemawon. Mênggah ingkang badhe kula obrolakên ing samangke ing bab pamanggihipun para ahli anggagas.

Mênggahing kula sami-sami titah gêsang wontên ing donya, botên wontên ingkang kula gilani kados bangsaning ahli anggagas. Gila kula wau botên beda kalihan dhatêng tiyang ingkang motangakên dhatêng kula sampun lami dèrèng kula lunasi, sarta sambutan ingkang dèrèng verjaard, manawi kajawèkakên kabaripun: sambutan ingkang kêdaluwarsa, têgêsipun: sambutan ingkang jalaran saking laminipun lajêng botên prêlu dipun sauri malih. Tiyang ingkang nyambutakên sampun lami, ingkang dèrèng kêdaluwarsa wau, manawi dhatêng ing griya kula, sanadyan gadhaha kaprêluan sanès, dados botên niyat badhe nagih, sawêg kemawon ngancik rolak griya kula anyuwara: Kula nuwun, saking nglêbêt inggih lajêng sampun kula wangsuli: botên wontên dalêm. Makatên ugi tumrapipun para ahli anggagas. Sanadyan kula badhe prêlu mlampah ngidul upaminipun, dilalah saking katêbihan: kleyang, kleyang, kula sumêrêp tiyang ingkang gadhah wêwatêkan makatên, sanalika badan kula, nyara suradhadhunipun inggih lajêng tumunên kula prentah: rèh somkir mar ... rês, sanalika cangkelak kula botên èstu ngidul, nanging malah ngênthir ngalèr.

Dene sabab-sababipun kula kamigilanên dhatêng para ahli anggagas, punika jalaran manawi sumêrêp punapa-punapa sok lajêng dipun gagas ngantos anglangut, kados ta: kalêrês ing dintên Minggu tur tanggal ênèm, siyang-siyang kapêthukan tiyang udhêng-udhênganipun madhul-madhul, kathik pucuking brêngosipun ngalèmbrèh mangandhap, punika lajêng kemawon gagasanipun: wah, iki gênah wong mêntas kobongan mau bêngi. Môngga, punapa botên nobatakên. Inggih lêrês, kula botên badhe sagêd kalampahan, awit arta kangge nêdhani anak bojo sabên dintên kemawon sampun comprang-campring, têmtunipun inggih lajêng botên badhe anrajang bakaran barang. Ewadene kula inggih mêksa anggadhahi kuwatos, manawi-manawi ing wanci siyang kula kalêrês galenggengan nyinom utawi andhangdhanggula, mangke gèk dipun gagas: kae rak lagi nglêlipur atine anggone dina kiyi kêndhile mêngkurêp.

--- 147 ---

Punapa malih manawi sampun anggagas dhatêng drajating tiyang, punika inggih ngodhêngakên sayêktos. Upaminipun tumraping para punggawa sêpur, punika pamanggihipun sawênèhing ahli anggagas makatên: saradanipun punggawa sêpur punika: botên purun ambucal wêkdal ingkang tanpa guna, manawi rêrêmbagan têmtu: cêkak aos, sanadyan sok ambingungakên ingkang dipun ajak rêmbagan. Lo, samantên gagasanipun. Manawi ingkang makatên punika saèstu manjing dados wêwatêkanipun para priyantun sêpur, inggih kenging dipun tulad sayêktos, awit punika pancèn wêwatêkan ingkang sae. Nanging sarêng kula taliti, tuwuhing gagasan wau jêbul sapele kemawon, inggih punika makatên: kulinanipun punggawa sêpur punika manawi rêmbagan asring nyêkaki namaning pangkat utawi panggenan, kados ta manawi dipun pitakèni mênggahing pangkatipun, lajêng amangsuli, upaminipun: kula Stba. (lugunipun Stationsbeambte) utawi: kula Cs. (lêrêsipun Chef station) lan sasaminipun. Manawi wontên ingkang pitakèn: badhe tindak pundi, wangsulanipun: badhe dhatêng Wl. (Wèltêprèdhên) utawi: badhe dhatêng Bt. (Batawi) lan sapiturutipun. Mênggah para priyantun sêpur asring nyêkaki nama-namaning pangkat utawi panggenan wau, botên sumêdya ambêbingung para ingkang dipun ajak rêrêmbagan, nanging sabab saking kulinanipun wontên ing padamêlan. Prêlunipun mênggah nyêkak-nyêkak nama wau, murih anggampilakên utawi angrikatakên padamêlanipun, dados botên kados pangandikanipun ahli anggagas kasbut nginggil.

Kadospundi samangke pamanggihipun sawênèhing ahli anggagas mênggahing pangkat: redhaktur. O, punika kojur sayêktos. Kula piyambak sampun nate mirêng pawicantênan makatên: Aja sok cêdhak-cêdhak utawa sêsanakan karo bangsaning redhaktur, mundhak dikorèk. Dados ing ngriki pangkat redhaktur prasasat dipun samèkakên kalihan sêsakit pès, kêdah tansah dipun têbihi.

Salêrêsipun gagasan ingkang makatên punika botên kenging dipun lêpatakên babarpisan, kadhangkala sok wontên lêrêsipun. Rak kêrêp kemawon ta, wontên koran ingkang isinipun botên liya kajawi: pêpisuh, punika jalaranipun inggih botên sanès kajawi: redhakturipun karêm dhatêng misuh, punapa malih manawi ingkang kêdah dipun pisuhi bangsanipun piyambak, punika inggih: êntèk amèk, kurang golèk, sayêktos, kados ta: ing jaman samangke punika jaman Indhonesiah-Indhonesiahan. Tiyang siti ingkang gadhah kabudidayan tumindakipun sae, ingkang gadhah wau lajêng kemawon dipun wastani: Indhonesiêr jêmpol. Kosokwangsulipun, tiyang ingkang tumandang damêl botên kalêrêsan, dipun wastani: Inlandhêr, dados: Indhonesiêr punika sêsêbutanipun tiyang siti ingkang pêng-pêngan, Inlandhêr tiyang siti ingkang clila-clili, ing donya ngriki wontên satunggiling koran, manawi mirêng wontên koraning tiyang siti badhe bibar, sabab kêkirangan arta, botên kok wêlas, nanging malah misuh-misuhi, kanthi ngundhat-undhat kainlandhêranipun. Wontên koraning tiyang siti ngêmot pakabaran kasèp, inggih lajêng misuh-misuhi, amastani [ama...]

--- 148 ---

[...stani] manawi redhakturipun: tuwa bôngka. Koraning tiyang siti ingkang kirang sae tumindakipun, inggih dipun pisuhi lan dipun ece, dipun wastani: koran dhusun, lan sasaminipun, ing pungkasaning pêpisuh wau, mawi dipun èmbèl-èmbèli, supados sami sinaua dhatêng krekot. Para maos ingkang inggil bêbudènipun, ingkang makatên wau inggih lajêng mangrêtos kemawon, pikajêngipun inggih punika: nèk arêp sinau mêmisuh, sinaua bae nyang krekot.

Sampun samantên rumiyin.

S.m.t.

Panggulawênthah

Panggulawênthah lare sawatawis

[Dhandhanggula]

Mêmanise padesan puniki / lamun kathah tanêman kalapa / bêbanjêngan ing tuwuhe / dene mêmanisipun / wong gêgriya puniku yêkti / kalamun anak-anak / jêr anak puniku / sasolahe wèh pirêna / paribasan: dolanan nora bosêni / karya rêgênging wisma //

marma lamun rinasa sayêkti / ananira janma anak-anak / tan kêndhat wuwuh sênênge / kaya ta kalanipun / yèn wong tuwa nuju nrênyuhi / anake katon mundhak / ing kabisanipun / bungahe nora kayaa / anêrusi ing angga sakojur kadi / sêgêr nora rujukan //

lawan uga lamun angèngêti / ananira janma mamrih anak / andêrpati panlangsane / amasuh raganipun / atêtômba gêtir lan pait / wênèh ana tirakat / lêlakon ngêlangut / iku dadi kang pratôndha / lamun janma ingkang ginadhuhan siwi / jênêng ewon kabêgyan //

marma Jawi sokur mring Hyang Widhi / lawan aywa lena mardi anak / murih utama ing têmbe / awit sajatinipun / nora kurang janma sêsiwi / mung karya kasusahan / saking anakipun / yèku dahat murang sarak / kèh prakara kang mangancam mêmirisi / tan kêna sinelakan //

kang mangkana wong tuwa sayêkti / ketang saking sêmpalaning badan / angrasa sungsun susahe / kang dhihin susahipun / amêruhi pokaling siwi / kapindho susahira / anggane katêmpuh / ing wusana wong atuwa / ing tyasira dadya angênês kapati / kongsi tumêkèng lena //

beda lawan kang prayitnèng kapti / cilik mula anake ginulang / wus kawêlêg wêwulange / têmah diwasanipun / apan dadya wêruh ing wajib / yèku asung kabêgyan /kabagyan / kabêgjan. mring wong tuwanipun / nadyan kongsi têkèng lena / anak maksih lumastari amêmundhi / kuburirèng wong tuwa //

dene mungguh pamardining siwi / srananira talatèn tumindak / murih sakabèh wulange / rumasuk balung sungsum / dadya têtêp tulus utami / tan kengguh ing panggodha / kang murang marga yu / nanging samonoa uga / aywa

--- 149 ---

weya wong tuwa ngawat-awati / ananirèng srawungan //

jêr sanyata srawungan puniki / nora amung prakara lêlara / kang bisa anularake / nadyan budi tan ayu / solah-bawa muna lan muni / sayakti tan prabeda / ing panularipun / sumarmane binudia / sasrawungan kang laras lan mikolèhi / undhaking kawruh bocah //

traping wulang mrih dêrêng dayani / srananira nganggo rinangkêpan / kang sarwa kèwês wuwuse / cara dhalanganipun / grêgêt saut iku sayogi / amrih tyasira bocah / kapranan kalangkung / têmah dadya kapiluta / nêdya nelad wêwulang ingkang kawijil / tumindak lawan dhangan //

apadene saliring pamardi / wong atuwa asunga tuladan / murih sabarang rêmbage / ginugu lan tiniru / kadidene guru agami / muride kabèh padha / têtêp amituhu / kang mangkono awit saka / guru uga têmên-têmên anglakoni / kadi prentahing kitab //

kala-kala yèn sêla ing kardi / dongèngêna crita warna-warna / kang nawung piwulang sae / kaya ta critanipun / lêlabuhan ingkang utami / dhêndhaning laku salah / sapiturutipun / dimène dadi piridan / tur ta iku ngiras pantês anuntuni / moncèring pamicara //

lamun anak kongsi manggih sisip / aja age sêsrêngên anyêntak / gêdhene ngrangkèt anake / awit pikantukipun / srêngên ngrangkèt karya mêmiris / sisip-sêmbire dadya / suda trêsnanipun / sabanjure yèn ngantia / angêlantur wêdine anak kapati / têmah karya pituna //

lire kabèh parêntuling kapti / datan kêndhat kandhêg anèng manah / tan wani anglairake / môngka utamanipun / yèn wong tuwa kulinèng siwi / kêrêp awawan sabda / kèh pitukonipun / wondene paedahira / amimbuhi saliring kawruh mring siwi / lawan wuwuh sihira //

amrih bocah darbe watak gêmi / apan bêcik kalamun ginulang / anyèlèngi saanane / yèn wus ana sataun / amarêki ing ari adi / sêdhêngira ambukak / kabèh isinipun / wong tuwa nuli nyulangna / bab tanjane ing dhuwit ingkang sayogi / karya tuku sandhangan //

kang mangkono bocah dadi ngrêti / dene mèngêt ananing sandhangan / asli saking celengane / têmah pangrêksanipun / sandhangane dèn êmi-êmi / murih kurup kalawan / sataun kaklumpuk / sabanjure wruh ing tônja / lawan kabèh tindake angati-ati / lamun mijilkên arta //

amung murih aja kongsi cêthil / bocah iku bêcik pinardia / murih wêlasan ambêke / wondene srananipun / kulinakna anênulungi / marang sakabèh tindak / kang pantês tinulung / kaya pa paprentahêna / asung tônbatômba. maring janma kang asakit / lawan nuntun wong picak //

yèn wong tuwa angêganjar janmi / apadene wèwèh wong pêpriman / bocah kinèn ngulungake / yèn ana kancanipun / asung barang anakirèki / kinèn nuli malêsa / kabêcikanipun / pikolèhe têmbenira / bocah iku tyasira lumrah sujanmi / wimbuh kontap utama // Badhe kasambêtan.

Darpa.

--- 150 ---

Pêkên Agêng ing Surakarta

Sampun sawatawis wulan pêkên Agêng ing Surakarta dipun dandosi. Salêbêtipun dipun dandosi pêkênipun pindhah wontên ing alun-alun lèr. Pindhahing pêkên wau tumrap ingkang botên mangrêtos, sami gadhah pangintên warni-warni, dene ing alun-alun têka dipun angge pêkên. Nanging mênggahing nyatanipun, botên sanès namung prêlu pados kobèting papan, ingatasipun pêkên ingkang agêngipun samantên, botên cêkap manggèn wontên ing papan ciyut.

[Grafik]

Gusti Kangjêng Ratu Hêmas, nalika anggunting pita gawaring pêkên.

Pêkên wau ing sapunika sampun rampung panggarapipun, kala tanggal kaping 12 wulan kêpêngkêr kabikak, mawi pahargyan. Ingkang murwani ambikak panjênêngan dalêm Gusti Kangjêng Ratu Hêmas, sarana anggunting pita gula kalapa, kagunting ing gunting êmas, dipun jumênêngi sampeyan dalêm ingkang wicaksana, tuwan gupêrnur Surakarta, tuwan gupêrnur Ngayogyakarta, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara sakalihan garwa Gusti Kangjêng Ratu Timur, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Pakualam, pêpatih dalêm ing Ngayogya tuwin para agung kakung putri punapadene para tamu sanès-sanèsipun.

Pêkên Agêng ingkang nêmbe dados punika, saking kaparêng dalêm sampeyan dalêm ingkang wicaksana kaparingan nama Arjanagara. Mênggahing bab saening pêkên kados ing satanah Jawi botên wontên ingkang kados pêkên Agêng wau, mirid waragadipun kemawon têlas f. 650, 000. ingkang damêl gambaripun pêkên wau Tuwan Ir. Karsten, kagarap dening Tuwan G.G.G. Zjilmans sakancanipun, sadaya wau sami kaparingan tarima kasih saking sampeyan dalêm ingkang wicaksana. Pêkên wau sadèrèngipun kabikak, tuwan gupêrnur Surakarta mêdhar sabda, ambabadakên kawontênanipun pêkên Agêng sakalangkung panjang, lajêng kasambêtan pangandika dalêm sampeyan ingkang wicaksana. Satamating pangandika dalêm, dipun tampi ing surak mawurahan, saha dipun tampèni swaraning bom 15 rambahan, dipun barung gôngsa Kodhokngorèk tuwin sêtrèk orkès karaton, lajêng dipun bikak ing panjênêngan dalêm Gusti Kangjêng Ratu Hêmas, kados ingkang kapratelakakên ing nginggil.

--- 151 ---

Kawontênanipun pêkên Agêng ing Surakarta punika panggenanipun mapan sangêt, kenging dipun wastani wontên têngah kitha lêrês, sêsambêtanipun kalihan papan têlênging panggaotan nama gêgandhengan, kados ta ing Kauman, dununging panggaotan sinjang, ing Galadhag dununging para, inggih punika bakul mas intên, saya malih ing bab gêgayutaning wêdal lêbêtipun dagangan saking ngamônca, dunungipun wontên ing Pacinan sakiwa-têngênipun ngriku. Mila mênggahing ramenipun pêkên Agêng katingal sangêt, untapipun tiyang katingal uyêl-uyêlan, botên wontên sêsadean ingkang bubruk kasade wontên ing ngriku, lan ingkang sêsadean ing ngriku punika nama bakul agêng, kados ta bakul wowohan, punika inggih ngantos ngambrah-ambrah, dalah sêkul ulam, manawi bakul ing pêkên Agêng, tumindaking damêlipun kados tiyang gadhah damêl.

Manawi mirid agênging pêkên, iba agênging pamêdalipun pupon bea saking pêkên wau. Ewadene ing bab puniku tumrapipun parentah Jawi, rumiyinipun botên nguningani, awit pawêdaling asil pêkên ing ngriku dados wajibipun pangagêngipun bôngsa Tionghwa ing Surakarta. Dangu-dangu parentah lajêng ngudi murih asiling pêkên wau sagêd wangsul dados panguwaosipun nagari, inggih punika nyarêngi nalika parentah Surakarta wiwit ngawontênakên pakaryan pêkên, dangu-dangu sagêd kalampahan, lajêng dipun asta nagari.

Wusana Kajawèn inggih nglairakên pamuji, mugi pambikaking pêkên Agêng wau anêrusana kados têgêsing nama: Arjanagara, awit mênggah arjaning nagara punika sampun amêngku kajêng tanpa watês, ingkang isi kawilujêngan.

--- 152 ---

Bab Rajakaya

Bab Menda Kacang lan Gibas

Sanajan kewan punika botên kenging kapilala damêlipun, tumraping para tani kangge ingah-ingahan sambèn agêng sangêt asilipun, awit enggal babar sarta gampil panyadenipun. Utawi mênggahing pamiyara kewan punika gampil sangêt. Ing panggenan ingkang angèl kangge ngupados têdhanipun rajakaya agêng, yèn kangge têdhaning menda botên badhe ngapirani, awit kathah warnining gêgodhongan ingkang dipun ajêngi.

Ingkang baku kewan punika kangge sadhiyan pragatan, sarta wacucaling menda kacang pêpajênganipun sagêd sami kalihan pêpajênganing dagingipun. Masakala yèn kathah ingkang ambêtahakên wacucal menda sok sagêd langkung kathah. Menda kacang ênèm ingkang kapragad dening bakul gule tuwin sate, tumbasan 4-5 rupiyah, kulitipun sagêd pajêng 1,50 dumugi 2,50 rupiyah, makatên wau manawi tanpa ciri gudhig utawi plênthing. Langkung-langkung manawi wacucal wau ukuran wiyar, dados wacucalipun menda agêng.

Menda kacang ing tanah Jawi ngriki limrahipun alit, pramila manawi badhe angagêngakên turunipun kêdah kapadosakên bibit ingkang agêng, sarana anjagi sampun ngantos kapacêk dening menda jalêr ingkang alit. Ing sarèhning menda namung sadhiyan kangge pragatan, dados botên wontên awonipun yèn menda jalêr ingkang alit-alit sami dipun kêbiri, awit punika saya ngindhakakên agênging pêpajêngan.

[Grafik]

Menda gibas.

Menda ingkang agêng inggih punika menda saking tanah Indhu, menda Bênggala. Menda wau kathah ingkang kabêkta dhatêng tanah Jawi ngriki kangge pamacêk utawi ingkang èstri kapilala puhanipun. Pramila yèn wontên pamacêk menda punika ingkang sami gadhah menda èstri prayogi sami angudi mendanipun kapacêkakên bibit wau.

Menda punika tuwuhipun tôndha badhe laki limrahipun wontên ing umur sataun, inggih punika manawi untunipun têngah kalih pisan sampun santun untu agêng, nanging ugi wontên ingkang kirang saking samantên, [sama...]

--- 153 ---

[...ntên,] gumantung dhatêng kawontênanipun, sarta danguning tôndha badhe laki namung sadintên, katingalipun botên beda kalihan lêmbu tuwin maesa. Rèhning menda punika wontên ing pangenan, ing margi tuwin ing kandhang, jalêr èstri limrahipun tansah kaêmor, ingkang gadhah tamtu botên marduli dhatêng tôndha wau, nanging manawi prêlu badhe kapadosakên bibit jalêr ingkang agêng prêlu dipun sumêrêpi tuwin dipun yêktosi, sarta samôngsa-môngsa katingal, enggal kabêktaa dhatêng panggenaning bibit, awit angèngêti dangunipun namung sadintên wau, manawi kasèp kêdah angêntosi malih. Dene wontênipun kapracayan, menda Jawi èstri sawêg kosod ing pagêr, ing tembok tuwin sanès-sanèsipun kemawon sampun sagêd wawrat, punika botên kapanggih ing nalar.

Dangunipun menda mêtêng wontên ing salêbêtipun 22 minggu, sarta anakipun sagêd kalih trêkadhang tiga. Nanging menda ingkang manak tiga, miturut pamanggihipun para wasis ragi nyêbal, awit saking pamanggihipun kathahing anak punika botên langkung saking cacahing kathahing pênthil, pamanggih wau kathah nyatanipun, sarta ingkang sampun kula yêktosi menda ingkang manak tiga makatên, ing susunipun ngriku tuwuh pandhukulipun malih sanajan botên gatra pênthil.

Dene menda gibas pêpajênganing kulitipun langkung sakêdhik tinimbang menda kacang, nanging ulamipun langkung awis, malah kathah tiyang ingkang mragad menda wau wulunipun namung kakêrok sarta kulitipun kakatutakên ing daging. Ing tanah Jawi ngriki dèrèng wontên ingkang migunakakên wuluning menda gibas kangge dandosan, dados botên sagêd nyade, nanging ing nagari mônca kathah ingkang migunakakên, sarta pêpajênganipun awis, mila kathah ingkang ngingah menda wau prêlu kacukur wulunipun. Kadosdene ing tanah Ostraliah ngantos dados sumbêripun pamêdaling wulu gibas, awit ing ngriku kathah jiwaning kewan wau. Menda gibas ing tanah Jawi ngriki kathah ingkang kirang sae, mila manawi badhe nyaèkakên turunipun kêdah mêndhêt bibit saking mônca. Ing tanah Madura kathah menda gibas ingkang abuntut agêng.

Sarèhning menda punika gopokan sarta botên tahan ing papan ingkang jênês, kandhangipun kêdah garing tuwin ingkang ngongkang siti, supados uyuhipun sagêd têrus.

Kathah warnining sêsakiting rajakaya agêng ingkang ugi sagêd nular dhatêng menda, pramila manawi usum sêsakit makatên, menda ugi kêdah kajagia sampun ngantos katularan, sarana kandhangipun katêbihakên utawi kajagi sampun saba ing papaning kewan ingkang sakit.

Suryadi, Keurmeester Panaraga.

--- 154 ---

Kawruh Sawatawis

Topèng

Candhakipun Kajawèn ôngka 9.

Wanguning topèng, punika sairib mêndhêt wangun praeaning ringgit wacucal, saya malih ing bab pulasipun, ugi makatên, abrit, praeaning tiyang manah brangasan utawi wani, pêthak praean neneman. Namung ijêm gèsèh kalihan ingkang kangge wontên ing ringgit, limrahipun ing ringgit dados praean asor, nanging wontênipun ing topèng botên, lan malih rai cêmêng tumrapipun wontên ing topèng botên kangge.

Bab mripatan, plêg mêndhêt kados mripataning ringgit wacucal, inggih punika liyêpan, thêlêngan. Bêdhahaning cangkêm ugi makatên, tumrap danawa inggih mawi siyung. Ingkang gusèn katingal untunipun. Dene ingkang plêg wangunipun dumunung wontên ing Pênthul Têmbêm, Pênthul mêndhêt praeaning Garèng, Têmbêm mêndhêt praeaning Sêmar. Kalih pisan wau namung kadamêl dumugi nutupi lambe nginggil, dados manawi wicantên katingal ebahing lambe ngandhap. Pênthul wontên untunipun andhêngil kalih ing nginggil, punika limrahipun kala ing jaman rumiyin dipun wastani sae, malah kathah tiyang sisig (nyêmêng untu), untunipun nginggil kêkalih ingkang têngah dipun kêsik, dados katingal ngalela pêthak manggèn ing antawising untu cêmêng, punika dipun wastani untu Pênthulan. NgangingNanging. limrahipun namung dipun tindakakên ing tiyang ingkang ragi anjêgègès. Mirid kawontênanipun topèng ingkang kados makatên wau, mèmpêr bilih sêpuh ringgit wacucal tinimbang topèngipun.

Topèng punika wontênipun ing tanah Jawi pinanggih wontên ing pundi-pundi, malah ing Bali punapa inggih wontên, ugi mawi lêlampahan, nanging dipun wastani ringgit tiyang, dene bab garaping topèng mênang alus garapan Bali, awit mênggahing ukir-ukiranipun bôngsa Bali pancèn linangkung, lan malih mênggah wujuding topèng gadhah wônda gêsang kados praeaning tiyang sayêktos.

Damêl topèng punika tumrapipun tiyang Jawi inggih botên beda kados damêl ringgit wacucal, têgêsipun mawi pathokan kawruh wujuding topèng, tumrap ingkang kalêrêsan wandanipun sae cocog kalihan kasagêdanipun ingkang anjogèd, punika ngantos sagêd nyantuni sipating tiyangipun, upami tiyang sampun sêpuh, lajêng katingal kados tiyang anèm. Mila bab topèng wau nama satunggiling kagunan Jawi wiwit mêndhêt saking pandamêl ngantos dumugi salajêngipun. Malah ingkang panjênêngan nata kaparêng ngadani yasa topèng, gambaripun kados ingkang sampun kawrat ing Kajawèn nomêr 9.

Mirid kawontênanipun têtingalan topèng, tumrap ing Jawi Wetan sairib kemawon kados ing Jawi Têngah, ugi wontên ingkang mawi lêlampahan, cara-caraning pangangge ugi sami kemawon.

--- 155 ---

manawi ing tanah Pasundhan, topèng punika namung ngatingalakên bab jogèd kemawon, botên mawi anggêpok cariyos, dados saupami mêdal Kalana, ing ngriku namung mujudakên warnining topèng Klana utawi jogèdipun. Manawi mirid cêcariyosan, topèng ingkang tumindak ing tanah Pasundhan punika asli tularan saking Cirêbon, dene Cirêbon asli tuladan saking Jawi Têngah, kapiridakên saking cêcariyosan gêgayutanipun kalihan nata Jawi ing jaman kina. Nanging tanah Pasundhan wontên têtingalan ringgit tiyang, têtiyang ingkang dados sami ngangge topèng, topèngipun amarnèkakên wujuding ringgit purwa, saha têtêp nama ringgit tiyang, dados sanadyan ngangge topèng, botên nama topèng, lan ringgit tiyang wau tanpa ginêman, namung dipun ucapakên ing dhalangipun, nanging tangan ngocang-ngacung kados patrapipun ginêman, malah sanadyan ambanyol punapa inggih namung wontên ucaping dhalang.

Mangilèn mangidul dumugi Batawi, punika ugi wontên topèng, nanging ugi sampun ical talêring topèng, kawontênaning lêlampahan warni-warni, mêndhêt ingkang cêkak-cêkak. Ingkang kathah mêndhêt lêlampahan kêpêngkêr ingkang wontên sayêktos, anggènipun nindakakên ing wanci dalu, sadalu muput. Kajawi manawi ambarang, namung mêndhêt babakan kemawon. Dene wosipun namung badhudan, sami botên ngangge topèng, namung calonehan kemawon. Nanging ing ngriku ugi wontên wujudipun topèng warni kalih, satunggal Kalana, satunggalipun Têmbêm. Wêdalipun Kalana wontên ing wêkasan piyambak, wanci anggagat bangun, jogèdipun inggih kados kiprah, nanging namung pinanggih wontên ithuning badan, kados dipun êrog-êrog, tabuhanipun rame sangêt, dene gamêlanipun rêbab, kêndhang, kêthuk kalih tuwin kêmpul. Ingkang Nglana wau tiyang èstri, limrahipun dipun wastani topèngipun. Ing golongan ngriku ugi wontên tiyangipun èstri sanès, nanging botên karan topèng, awit ingkang nama topèng wau, tiyangipun mawi pangangge, ingkang sampun gadhah wangun piyambak, dene tiyang sanès-sanèsipun, dalah ingkang sami nabuh, sami sagêd ambadhud sadaya, gêgêntosan.

Dene topèngipun Têmbêm, namung dipun angge ing lampahan, ingkang nama lampahan jantuk, dados topèngipun wau inggih nama topèng Jantuk, sanèsipun lampahan wau botên dipun angge malih. Mênggah lampahan jantuk punika nyariyosakên [nyariyo...]

--- 156 ---

[...sakên] tiyang jêjodhoan, inggih punika Jantuk kalihan ingkang èstri. Anggènipun jêjodhoan pun Jantuk wau botên sagêd rukun, klampahan lajêng pêgatan, nanging sasampunipun pêgatan, kalih pisan sami piduwung ing manah. Ing ngriku mawi anggambarakên susahipun tiyang dados warôndha, sanadyan sampun wangsul tumut tiyang sêpuh piyambak, ewadene botên sênêng dados winêngku ing laki. Makatên ugi ingkang kados mudha, manahipun tansah risak, botên têntrêm anggènipun gêgriya. Jantuk lajêng nindakakên têmbung tuwin patrap pamiluta dhatêng ingkang èstri, nanging ingkang èstri malah ngangkrik-angkrik, cara têtêmbunganipun sapunika: malah ngece. Jantuk dipun makatênakên punika sangêt nalôngsa ing manah, wusana panalangsanipun wau sagêd andayani ngêrog manahipun bokmanawa Jantuk, rêntah wêlasipun: talêpok, lajêng antuk-antukan malih.

Kados makatên mênggah wawasan kawontênanipun têtingalan topèng ingkang pinanggih ing jaman sapunika, mênggah kirang langkungipun kasumanggakakên para maos, sukur wontên ingkang kaparêng ngudhoni.

Rêmbagipun Sêmar, Garèng, lan Petruk

Bab Tiyang Gadhah Damêl

II

Sêmar: Nala Garèng, sabênêre ngono aku rumasa sênêng lan gêdhe bangêt atiku, dene anakmu, iya putuku si gêndhuk Poniyêm, saikine wis ana sing anjaluk. Nanging mungguh rêmbugku, ijabe ing besuk, bok gawenên sing prasaja bae, upamane nganakake slamêtan sakadare, kang banjur dikêpungake nyang tôngga têparomu, kaya-kaya rak wis cukup. Kajaba ta, nèk pancèn cukup pawitane, sanadyan arêpa her-heran, nèk cara Batawine aku ya mung: bismillahin bae. Balik olèhing pawitan kudu disaranani nganggo jêngkêlitan barang dhisik, lo, kuwi rak kêna diupamakake kayadene dongèng: Kintêl kang arêp mungsuh sapi kae. Saking anggone arêp madhani karo gêdhening sapi, awake banjur diplêmbung-plêmbungake nganti: poh, pêcah. Mêngkono uga tumraping wong sing kêdhuwurên panjangkane, kuwi nèk ora kabênêran bisa kalakon sangsara kang tinêmu. Mulane tak balèni rêmbugku ing ngarêp: anggonmu mantu bok calimèn bae.

Garèng: Mungguh pangandikamu kiyi pancèn iya kasinggihan, ananging ana prakara kang anjalari aku ora bisa andhèrèk apa kang dadi dhawuhmu. Yaiku: aku rumasa wis akèh bangêt anggonku ambuwang, kaya ta: lagi Mas Naya nyunatake anake wadon kae, aku nyumbang f 0.75, gèk Mas Bèi Suta duwe gawe, aku nyumbang f 1.-, Dèn Carik dhistrik nyupitake, sumbanganaku ya f 2.-, malah nalikane dara bèi

--- 157 ---

wêdana ngramakake putrane, anggonku nyaosi sumbangan f 5.- lan isih akèh manèh wong-wong sing wis padha tak sumbangi. Hla nèk anggonku mantu kiyi mung slênthêman bae, banjur kapan baline dhuwitku sing wis tak sumbangake kuwi.

[Grafik]

Sêmar: Hêm, andèkne ora, kandhane wong ki jarene nyara gagrag anyar alias nyara modhèrên kuwi mêsthi luwih apik tinimbang nyara kuna. Nèk mungguh panêmuku kok durung kinar, dhing. Apamanèh tumrape wong nyumbang, kuwi nèk timbanganaku kok luwih bêcik nyara kuna tinimbang nyara modhèran-modhèrênan kiye. Nèk cara kuna wong nyumbang kuwi, karêpe mung arêp ngatonake karukunane, mulane panyumbange iya kanthi: lilahi tangallah, ora kok nganak-anakake mêngkono. Upamane: duwene mung gori, sing disumbangake iya gori, duwene êndhog, iya êndhog. Lan panyumbange cara kuna mau, ora kok cara modhèrên kiyi sêmang nganggo nyawang drajate sing arêp disumbang, dupèh sing duwe gawe mung Mas Naya thok bae, le nyumbang cukup mung f 0.75, nanging barêng dara bèi wêdana f 5.-, durung mèlu kaetung sumbangan, klandhêstin, têgêse: sumbangan sing ora kawêruhan ing wong akèh, upamane bae: wêdhus rong pasang. Nèk nyumbang cara kuna kuwi, kaya sing wis tak kandhakake ing ngarêp, sarana lilahi tangallah bae, têgêse: mung sarilane. Dadi arêpa sing duwe gawe: bêndara radèn mas ariya, utawa mung: kenthol ngantèn, ing sarèhning panyumbange mau sarilane bae, têmtune iya padha bae. Kajaba saka iku, nyumbang cara kuna kuwi, barang utawa dhuwit sing wis disumbangake, iya: cul, dianggêp barang utawa dhuwit sing wus ilang. Nanging nèk cara modhèrên kiyi, barang utawa dhuwit kang disumbangake mau, dianggêp celengan utawa dipotangake, dadi besuke kêna dibobok utawa kêna diarêp-arêp baline, sokur baline mau nganggo rèntên.

Petruk: Hla, kuwi nèk priyayi sêpuh, apa sing disêbut modhèrên, liyane dicacad ora ana. Lan sabanjure ora ngemuti, yèn jaman [ja...]

--- 158 ---

[...man] saiki kiyi kêna diarani jaman matèrialis, têgêse: jaman kudu golèk guna kaya ya golèk dhuwit. Ing jaman saiki kiyi, sing sapa dijothak dening phulus, iya sida kurus. Malah ing Batawi ana paribasan unine mangkene: Ada oeang, abang koesajang, 'nggak ada oeang, abang boleh melajang, upama dijawakna ngono kira-kira mêngkene: nèk kangmas duwe dhuwit, trêsnaku andalit, nèk ora duwe dhuwit, mas, lungaa bae ngêmprit. Hara, dadi ing jaman saiki kiyi: dhuwit, sing prêlu êmbahning prêlu. Apamanèh yèn manggon ing kutha gêdhe, kuwi luwih-luwih anggone kudu golèk dhuwit, supaya bisa diuwongake ing sapadhaning umat. Carane golèk dhuwit mau, ana sing nganti paribasane: sadulur kolur, sanak enak, têgêse: sêdulur tinggal sêdulur, sanak tinggal sanak, nèk pancèn kêna dikêlèti, iya kêlètana. Mulane nèk ing jaman saiki, dicara jaman kuna, apa-apa mung dililahi tangala bae, kaya ta pangandikane rama mau kae, dhuwit sing disumbangake kudu dianggêp dhuwit ilang, aja pisan-pisan ngarêp-arêp baline, we, hla, wong kaya ngono kuwi nèk jaman saiki, wusanane bisa kalakon têkênan nyangking bathok têmênan.

Sêmar: Hêm, pancèn iya ana saikine wong sing duwe watak matèrialis mau, nanging akèh-akèhe rak padha durung mèlu, awit isih ditimbang dawa manèh. Kaya ta unine Garèng: rèhning wis tau nyumbang mrana-mrana, mêsthine ya kudu golèk sauran, sarana ambayangkare anake, supaya olèh balèn pasumbang, sukur bisa bathi. Nanging yèn sing wis tau kok sumbang mau akèh sing padha ora têka, jalaran alangan apa-apa, wusanane anggonmu duwe gawe jatuh pailit, kowe banjur arêp nagih mênyang sapa, arêp gugat mênyang ngêndi. Mara pikirên, sapa sing bakal ngrasakake sangsaraning uripmu, rak iya mung kowe dhewe. Mulane nèk panêmuku, tumraping jaman saiki, anane dhuwit pasumbang, kuwi dumunung mung ana tatacara, dudu bangsane utang kapiutang, nanging mung saka rilaning ati. Dadi yèn kowe nganggo cara matèrialis sing kaya mangkono, ora wurung kowe iya bakal ngambah jaman kamajuaning cilaka têmênan. Yèn kowe pancèn nuju duwe dhuwit, apa ora luwih bêcik jumênêng dadi mênir T.t.t. (tien twaalf terug) têgêse jumênêng priyayi potang, sing sok ngutangake f 10- baline anjaluk f 12,-.

Garèng: O, rama ki kok banjur nglulu ngono. Kuwi rak nandhakake wong ora duwe rasa kabangsan.

Sêmar: Hla, saiki dak pituturi: yèn wong Jawa mêndêm bangêt marang dhuwit, kuwi banjur têtêp aran ilang wêwatêkaning kasatriyan, dadi awujud danawa walaka. Mula bêcike kudu sing ngrêti marang ukum lan duga watara. Têgêse ngrêti marang ukum kuwi, nyumurupi bakal kadadeane sing ditindakake. Dene têgêse duga watara kuwi, ngrêti marang kabutuhane dhewe, lan uga mangrêti marang kabutuhaning liyan. Wis samene dhisik, liya dina padha dibanjurake.

--- 159 ---

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès.

Wontên pawartos, dèrèng dangu nyarêngi pinuju jawah dêrês wontên kuli têtiga, sawêg nêngah-nêngahi lumampah ing krêtêg jurug sacêlakipun Surakarta kasrèmpèt ing sêpur kilat, ingkang satunggal pêjah, sanèsipun tatu sangêt.

Kêpyakanipun rad kabupatèn enggal tumrap ing Sêmarang sampun kalampahan kala tanggal 25 Januari, ing Purwakêrta tanggal 29 Januari, ing Kêbumèn kala tanggal 25 Januari, ing Karanganyar kala tanggal 28 Januari, ing Grobogan tanggal 29 Januari, ing Banyumas kala tanggal 28 Januari, ing Kuthaarja kala tanggal 28 Januari sarta ing Purbalingga tanggal 30 Januari.

Wontên kabar, pakêmpalan ringgit tiyang Saritama ing Surabaya katantun dening satunggiling bôngsa Jêpang, badhe kapitongtonakên sawatawis wulan wontên ing Tokiyo (Jêpang). Dados lan botêning rêmbag dumugi samangke dèrèng wontên katêmtuanipun, bab punika waragad-waragadipun tamtu botên sakêdhik.

Paduka Tuwan wd. Gupêrnur ing Acèh sampun ambayawarakakên dhatêng para sèp-sèp apdhèling saha ondêr apdhèling ing bawahipun ingkang wosing suraosipun kados ing ngandhap punika: gêgayutan kalihan wontênipun wulan Siyam sampun andungkap, para sèp-sèp kasêbut nginggil sami kaèngêtakên sampun ngantos damêl pranatan-pranatan ingkang anggêgidhuhi tumrap têtiyang Acèh salêbêtipun wulan Siyam, kados ta anslah pajêg, panarikan pajêg, padamêlan èrêndhinês tuwin sapanunggilanipun, jalaran ing môngsa wau têtiyang Acèh gampil sangêt kêcênthokipun ingkang sagêd andadosakên muntabing manahipun.

Wontên pawartos, panyuwunanipun tuwan-tuwan H.O.S. Cakra Aminata saha H.A. Salim, supados kaparêngakên ngancik ing Pare-pare (Sêlèbês sisih kidul), prêlu nuntun konggrès P.S.I. ingkang badhe kawontênakên ing ngrika benjing wulan Marêt ngajêng punika, botên kaparêngakên dening Tuwan Gupêrnur Sèlèbês.

Badhe wontênipun konggrès P.G.H.B. ing Surakarta benjing tanggal 16 dumugi tanggal 19 Pèbruari punika botên mawi karamean (têtingalan ringgit tiyang tuwin sapanunggilanipun) kados ingkang sampun-sampun. Minôngka lêlintunipun namung badhe kawontênakên pasamuwan rêsèpsi, supados para ingkang anjênêngi konggrès wau sami sagêda têpang-têpangan, enjingipun saking kaparêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan lajêng kalilan malêbêt dhatêng kraton.

Benjing tanggal 1 Juni ngajêng punika saking ada-adanipun sèndhêng ing Surakarta, ing Pedan badhe kawontênakên pamulangan patukangan (Ambachtsschool) tumrap lare pribumi wêdalan Standaardscholen, dipun pangagêngi dening satunggiling guru bôngsa pribumi ingkang samangke taksih sinau wontên ing kursus ing Sêmarang. Sakawit ingkang badhe kawulangakên namung babagan patukangan tosan kemawon.

Wiwit tanggal 3 Pèbruari punika Tuwan P.F. Dahler suwau pangagênging vertaalbureau ing Bale Pustaka, kawisudha jumênêng pangagênging Taaltechnische afdeeling ugi ing Bale Pustaka.

Ing rad kawula samangke wontên warga bôngsa Indhonesiah sagolongan ingkang ngêdêgakên national fractie (parte kabangsan), dipun pangarsani dening Tuwan Tamrin. Parte wau wosing ancasipun sumêdya angajêngakên dhatêng kamardikaning Indhonesiah sarana a. ambudidaya ngawontênakên ewah-ewahan pangrèh praja, b. ambudidaya ngicalakên wontênipun pilah-pilahan ing bab politik, ekonomi saha intêlèk, c. pambudidaya sanès-sanèsipun ingkang absah. Ingkang malêbêt dhatêng parte wau para warga rad kawula tuwan-tuwan: Kusuma Utaya, Dwijasewaya, Dhatuk Kayo, Muhtar, Nja Arif, Soangkoepon, Pangeran Ali, Sutadi, Surasa saha Tamrin.

Wontên pawartos Mr. Iskak kala tanggal 25 Januari sampun kaluwaran saking tahanan, nanging salêbêtipun taksih katindakakên papriksana gayutanpapriksan gêgayutan. kalihan sêrat-sêratipun ingkang sampun kabêskup, panjênênganipun miturut prajanjianipun piyambak. a. botên badhe magêpokan kalihan pulitik, b. botên badhe ngrêkaosakên tumindaking papriksan, c. badhe manggèn ing pundi ingkang kakêrsakakên dening justisi, d. sêrat-sêratipun badhe kalampahakên lumantar tuwan residhèn. Samangke panjênênganipun sampun kaparêngakên pangkat dhatêng Têgal miturut panyuwunanipun piyambak, jalaran ing ngriku botên kasrambah dening aksining P.N.I.

Dèrèng dangu wontên satunggiling bôngsa Tionghwa, asli saking Bandhung, têtumbas ing satunggiling toko mas intên ing Batawi, kabayar mawi arta kêrtas nyarupiyah. Sarèhning arta kêrtas wau warninipun ragi nguwatosakên, mila tiyatiyang. wau lajêng katahan dening ingkang gadhah toko, salajêngipun kapasrahakên dhatêng pulisi. Sarêng kamaring hotèl ingkang dipun sipêngi kagledhah, ing ngriku pinanggih taksih wontên arta kêrtas nyarupiyah 700 lêmbar, sadaya têtela manawi palsu.

--- 160 ---

Wêwaosan

Rara Rêjêki

Karanganipun Radèn Lurah Sastrayagnya ing Surakarta.

8

[Kinanthi]

kang tuwajuh trusing kalbu / ywa mangro tingal sirèki / cacad tumrape wong swita / de wêkêl têgêsirèki / apa pakaryan kang dadya / wajibmu ing sabên ari //

tindakna kang kongsi rampung / ywa cak-cèk wong nambut kardi / durung rampung banjur lunga / kloyongan kang tanpa kardi / iku uga dadi cacad / titikan tan mitayani //

gêmi iku têgêsipun / jêmbar tumrape wong ngabdi / kang bisa dadi warana / kabèh sakarsaning gusti / sira kang kudu santosa / ngêkêr wêwadining gusti //

mung samono bae cukup / gonku nêgêsi bab gêmi / de nastiti têgêsira / barang parentahing gusti / ywa age-age gumagah / yèn durung têrang ing gati //

yèn sira nampani dhawuh / dêlingna kang kongsi ngrêti / cathêtên jroning wardaya / yèn ana kang durung kasil / luhung têrangna kang cêtha / dadi ingaran nastiti //

kalamun sira wus nyakup / kabèh tuturku ing nginggil / yèku sarating ngawula / bokmanawa bisa narik / kamulyane gêsangira / mung eling jalak dèn eling //

yèn wus kanggêp suwitamu / mring kônca lawas ywa sêngit / sokur rakêtên lir kadang / yèn binobotan ing kardi / kang dudu wadi ywa tinggal / mring kônca wajib tinari //

aja gumagah nèng ngayun / tan tolih kancane wuri / luwange nora prayoga / mêsthi kataman ing sêrik / bêcik apa sinêrikan / wit yèn mêka bilaèni //

beda kalamun kok rêngkuh / kadang sirna sônggarunggi / kaluwihan kalamôngsa / yèn ana pakaryan ati / sira jakên rêrêmbagan / nimbang kapenaking pikir //

rumasa nora kêsingkur / kawruhe dipun ajèni / mêsthi mring sira sih trêsna / panganggêp sabaya pati / yèn bisa mangkono sira / têtêp winastanan bêcik //

wruh rungsiting iya dudu / nadyan pêksi sira mêsthi / ingaran ambêg sarjana / sujana putusing wèsthi / pra mitramu buron wana / katut kapucunging puji //

[Pocung]

beda lamun yèn patrapmu numbuk-numbuk / tan rukun mring kônca / sing bêbêg kataman ing sih / ing pangrasa tan ana padha lan ingwang //

kang kadyèku yèn katriwal pangabdimu / saka kaluputan / kancamu kabèh nudingi / sarwi nabda: patut wong manuk alasan //

durung klêbu dadi lêlangêning ratu / cacak manuk wana / pêpantêse mung digêthik / pra mitramu manuk miwah buron wana //

tan wruh rêmbug katut kocap ora urus / alane ngalela / têtêp kewan tan wruh bêcik / kang kadyèku kudu eling lan waspada //

pan wus rampung jalak putih pituturku / wus sira balia / yèn dèn anti dening gusti / aku lawan pra mitra-mitra sadaya //

mêmudya yu yuwana ing salakumu / arjaa sêdyanta / sinêmbadan ing sakapti / jalak nabda: bangêt ing panrimaningwang //

pamujimu ngong tanêm têlênging kalbu / de pituturira / kang wus kawahya ing nginggil / muga-muga tuk pangèstumu sun bisa //

sasolahku bisa anêtêpi tutur / wis pra mitraningwang / padha karia basuki / aku pangkat dina iki pêpisahan //

gya sumêbrung gêgancangan lampahipun / kocapa kang lagya / katamaning tyas rudatin / nèng sajroning kadhaton pura seluman //

tansah nêkung nèng kathil rukmi amujung / lêr antuk anendra / sakêclapan antuk wangsit / jro supêna anèng suwara kapyarsa //

dhuh putuku wong ayu enggala jupuk / jimating kajiman / cupu kang sinimpên rêmit / nèng luhurmu binuntêl ing sutra jênar //

kang cêcupu yèn binuka dayanipun / ngukut pura rêtna / bali alaming sujanmi / aja kagèt yèn sira nèng madyèng wana //

yèn tinutup bali manèh alamipun / nèng pura seluman / de pusaka kang kariyin / satuhune lugu wahyuning karajan //

apan dudu jimat panggêlar pangukut / kraton pura rêtna / nini sira dèn apusi / nanging bêgja de pusaka loro pisan //

parikudu nèng sira pantês kang gadhuh / wus karsèng Pangeran / kagyat nikèn gènnya guling / pungun-pungun wus wungu dènnya anendra //

wruhing dhuwur anèng rêrupan gumantung / buntêl sutra jênar / trêngginas nulya dèn ambil / gya binuka kang cupu katon ngalela //

warna pingul mawa cahya pindha daru / sumorot ajênar / agêngira sakêmiri / gya binuka kang pura rêtna wus sirna //

santun wujud byar katingal grêng wana gung / sang dyah kagyat ing tyas / wus anèng madyèng wanadri / lênggah sela nèng soring kayu kêmlaka //

wanci bangun pandaming ngrat wus amungup / nèng pucak aldaka / sumorot kuning ngênani / sang kusuma kang lagya lênggah ing sela //

saya wuwuh cahya mancorong ngênguwung / apindha kartika / arêraton nèng wanadri / sang dyah pindha widadari nganglang jagad //

lagya mangu kandhêg anèng jro wana gung / nahên ta kocapa / lampahe kang jalak putih / praptèng wana amencok witing kêmlaka //

mingak-minguk angungak ngandhap andulu / nèng wanodya endah / sêmune nawung prihatin / nging cahyane sumorot andiwangkara //

osikipun jalak seta jroning kalbu / iki wong punapa / èstri nèng têngah wanadri / tanpa kanthi môngka ing warnayu endah // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 11, 6 Pasa Taun Ehe 1860, 5 Pèbruari 1930, Taun V

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [161] ---

Ôngka 11, 6 Pasa Taun Ehe 1860, 5 Pèbruari 1930, Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Bandhung

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar gêdhong-gêdhong dhepartêmèn pakaryan praja, dipun tingali saking gagana.

--- 162 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja Ind. Arts ing Kudus

Sêsakit bêntèr tiyang èstri ingkang bakda gadhah anak (kraamvrouwenkoorts)

(Candhakipun Kajawèn ôngka 9)

Dhukun utawi vroedvrouw, ing sabibaripun nulungi utawi mulasara tiyang sakit nular. Kados ta tiyang èstri ingkang sakit kraamvrouwenkoorts utawi sanèsipun, botên kenging lajêng nimbal nulungi tiyang ingkang badhe manak sanèsipun. Kajawi yèn vroedvrouw wau sagêd rêrêsik ingkang sampurna (desinfectie), awit manawi sêmbrana, tiyang ingkang manak sagêd katularan wiji sêsakit, ingkang sagêd ambêbayani. Wêkdal tiyang èstri badhe manak, dhukun utawi vroedvrouw botên kenging mriksa ing nglêbêt kalihan driji, têgêsipun mriksa nglêbêtakên mawi driji ing pawèstrèn, prêlu nyatakakên punapa sirah bayi sampun mandhap lêrês lan tata punapa kadospundi, utawi sanèsipun. Kajawi manawi voedvrouw utawi dhoktêr ingkang prêlu kêdah mriksa, jalaran kuwatos manawi wontên bêbaya, awit mênggah ingkang nindakakên makatên wau tamtu rêrêsik tanganipun sayêktos (desinfectie).

Kula asring mriksa lan anjampèni tiyang èstri ingkang sakit kraamvrouwenkoorts, nanging ingkang kathah sampun kasèp lajêng dados tiwasipun.

Ing padhusunan utawi têtiyang Jawi taksih kathah ingkang gugon tuhon, dèrèng mangrêtos manawi sêsakit wau ambêbayani, namung pitados dhatêng dhukun, bilih sakit punika ganjaranipun Gusti Allah, dados lajêng sumendhe karsaning Allah, botên mangrêtos manawi sêsakit punika kenging katulak utawi kacêgah dening reka utawi ihtiyaripun tiyang ingkang sampun mangrêtos.

Tuladha:

Ing wulan Pèbruari 1929 kula dipun undang bôngsa Tionghwa, kapurih mriksa nyonyahipun ingkang sakit bêntèr jalaran mêntas gadhah anak, sampun pêndhak dintên. Wêkdal gadhah anak, ingkang nulungi dhukun kampung kemawon. Sarêng bayi umur 3 dintên biyungipun sakit bêntèr, lajêng ngundang dhoktêr Walandi. Kalampahan ingkang sakit kagarap dhoktêr wau ngantos 4 dintên, nanging botên wontên sudanipun. Ingkang sakit wau katawis rêkaos, bêntèripun sangêt, jalaran infectie. Ingkang sakit lajêng kula purih ambêkta dhatêng griya sakit ing Sêmarang, nanging kulawarganipun botên rujuk, sasagêd-sagêd dipun pulasara ing griya kemawon, dene manawi prêlu andhatêngakên dhoktêr sanès (consul) botên kawratan. Kalampahan ingkang sakit kula garap saminggu botên sapintêna sudanipun. Mila lajêng andhatêngakên dhoktêr speciaal kangge consul saking Sêmarang, ngantos sontan-santun dhoktêr kaping tiga, dhoktêr consul tiga pisan wau pamanggihipun sami, mastani sakitipun nyonyah wau kraamvrouwenkoorts. Jampi suntikan punapa kemawon ingkang [ing...]

--- 163 ---

[...kang] prêlu kangge jampi sampun kula suntikakên, kala-kala ingkang sakit inggih wontên sakecanipun, purun nêdha sawatawis, sagêd anjênggèlèk, timbangan bêntèr mandhap 37,6 utawi langkung sakêdhik, ananging badanipun ingkang sakit saya dangu saya risak, wêkasan sarêng sampun kalih wulan, ingkang sakit tiwas.

Cêcariyosan ingkang kasêbut ing nginggil prayogi minôngka tuladha, bilih sêsakit kraamvrouwenkoorts punika sêsakit ingkang ambêbayani, manawi botên enggal kapulasara lan dipun jampèni ing dhoktêr lêrês-lêrês, lôngka ingkang sagêd ngukup.

Panulakipun sêsakit wau sampun kapratelakakên ing nginggil, janji ingkang gadhah anak ing sadèrèngipun lan sasampunipun bayi lair dipun rêsiki (desinfectie), sampun cêkap, punapa malih dhukun utawi vroedvrouw ingkang têtulung saras lan rêsik saèstu, insya Allah wilujêng.

Wontên sawênèhipun tiyang Jawi ingkang mungêl: kabèh-kabèh iku rak wis takdiring awak, yèn pancèn arêp lara lan mati lantaran manak, ya wis mêsthine, geneya ing desa-desa wong kang padha anak-anak iya padha slamêt ora ana kang lara panas nganti tiwas mangkono, môngka sing têtulung iya dhukun desa, ora ngrêti rêrêsik kaya dhoktêr barang mangkono.

Têtêmbungan makatên punika têtêmbunganipun tiyang ingkang botên ngèngêti, bilih manungsa sapunika wajib ihtiyar saprêlunipun.

Upami tiyang badhe kêkesahan ningali ing langit mêndhung sakêdhik, punika lajêng gadhah kuwatos bilih jawah: kajawahan, mila lajêng ambêkta payung. Upami botên ambêkta payung môngka saèstu jawah, inggih sampun têmtu lajêng têlês (klêbus). Saminipun lare umur sataun utawi kalih taun dolanan lading panyukuran utawi gunting ingkang landhêp, inggih manawi botên kêpêrang utawi kêcocog, nanging manawi lare wau saèstu tatu gobrah-gobrah êrahipun, punapa tiyang sêpuhipun botên kaduwung.

Tiyang ingkang botên purun ihtiyar punika namanipun tiyang nekad, dados têtiyang manak, ingkang wilujêng dipun tulungi dhukun kampung wau, nama kapinujon.

Sajatosipun ing padhusunan punika têtiyangipun dèrèng ambêtahakên dhatêng vroedvrouw, amargi dèrèng mangrêtos, jalaran saking taksih bodhonipun, pitados kemawon dhatêng dhukun lan sampun kulina dhatêng dhukun.

Rekadaya murih têtiyang dhusun nêdha pitulungan dhatêng vroedvrouw, punika nagari kêdah ngawontênakên vroedvrouw ing dhistrik-dhistrik, ing ondêr dhistrik-ondêr dhistrik, awit upami tiyang dhusun kêpengin dipun tulungi vroedvrouw, punika botên sagêd, jalaran ing dhusun botên wontên vroedvrouw, dados kêpêksa tiyang-tiyang wau pitados dhatêng dhukun kampung kemawon.

--- 164 ---

Pawartos Wigatos

Pailan ing Bawah Gunungkidul

[Grafik]

Pasitèn ing Gunungkidul

Kados ingkang sampun kawartosakên ing Kajawèn ôngka 6, jalaran wontênipun jawah ing môngsa punika pancèn kirang nyêkapi, ing bawah Gunungkidul kathah sabin-sabin ingkang botên dados, sami alum jêne, malah ugi sakalangkung kathah ingkang kalajêng pêjah. Ingkang makatên wau sampun tamtu lajêng anuwuhakên kasusahan agêng, langkung-langkung tumrap para têtiyang tani, jêr inggih sabin wau ingkang dados bakuning panggêsanganipun. Wontênipun risaking têtanêman anuwuhakên kiranging têtêdhan, salajêngipun sagêd murugakên wontên pailan utawi pacêklik. Makatên ugi ing bawah Gunungkidul, wêkdal samangke kawontênanipun ragi nguwatosakên, rêgining têdha sampun awis sangêt, kados ta: gaplèk ingkang adat namung rêgi f 1,- dumugi f 1,50 samangke sampun mindhak dumugi f 5,75. Gêgayutan kalihan bab punika botên anggumunakên, bilih rêgining barang-barang prabot griya tuwin rajakaya, kathah sangêt mandhapipun, malah saking botên pajêngipun lajêng kasade mirah. Ing dhusun-dhusun saha ing pêkên-pêkên. Ing môngsa makatên wau tumrap kawula alit saya rêkaos saha nrênyuhakên manah. Manawi wanci dalu ing kitha Wanasari kathah kemawon lare-lare ingkang sami kluyuran turut margi, sami priman utawi pados têtêdhan sawontênipun, sok ugi kenging kangge nambak ngintir-intiring padharan, jalaran tiyang sêpuhipun sami kasrakat sangêt. Wontên pawartos, malah sampun kalampahan wontên satunggiling tiyang ingkang nyade anakipun kêkalih, ingkang satunggal taksih watawis umur satêngah taun, kasade saringgit, labêt saking botên têgêl ningali anak-anakipun wau mèh pêjah kalirên. Ing dhusun Kalangbangi racakipun ingkang katêdha namung godhong kêmlandhingan, mila ing ngriku kathah kemawon tiyang ingkang lajêng ambrodholi rambutipun, kabêkta [kabê...]

--- 165 ---

[...kta] saking dayaning godhong wau, jalaran murugakên bêntèr dhatêng badan. Ing kalurahan Bêdheo, Kênthêng, Bêndhagêdhe saha Koripan kêrêp wontên tiyang ingkang pintên-pintên dintên babarpisan botên kalêbêtan gaplèk sakêdhik-kêdhika, dene ing kalurahan Ngara-ara, Salam, Têrbah saha Sampang ingkang kangge bakuning cagag gêsang inggih punika woh sata, asli saking pabrik-pabrik ing bawah Mataram. Woh sata wau sasampunipun kasosoh lajêng dipun liwêt, panêdhanipun tumrap ingkang sagêd, kauworan sêkul gaplèk sakêdhik, nanging ingkang kathah namung katêdha kalihan rambanan tuwin sarêm kemawon. Têtêdhan kados makatên wau sapisan pancèn botên eca raosipun, kaping kalih têtela manawi ambêbayani tumrap kasarasaning badan, jalaran ingkang kathah sasampunipun nêdha sêkul woh sata wau lajêng botên sagêd ambêbucal.

Samantên rêringkêsaning pawartos ingkang kapacak ing S.T.

Raos Jawi

Lêlabêtan Utami Nyarambahi dhatêng Anak Putu.

Sampun dados kalimrahanipun bôngsa Jawi, dhatêng lêluwur ingkang nurunakên punika sangêt migatosakên, awit mênggahing gêgayutaning sanak, manawi botên sumêrêp aluranipun, lajêng nama kêpêjahan obor. Lan malih mênggah ing turunipun tiyang sae, agêngipun ingkang gadhah labêt dhatêng nagari, punika limrahipun dipun pèngêti ing tiyang, saya malih tumrap turunipun, tamtu botên kêkilapan dhatêng bab punika. Ewadene ing bab makatên wau inggih dèrèng tamtu, wontên ugi ingkang lajêng kecalan lacak, botên dhamang dhatêng ingkang nurunakên, jalaran saking kêdangon jamanipun.

Ing karangan punika badhe anyariyosakên babad Bêstaman sawatawis, mênggah prêlunipun, sapisan nyariyosakên bab mula bukanipun ing Sêmarang wontên kampung nama Bêstaman, kaping kalihipun ngêtingalakên satunggiling bôngsa Jawi kala jaman kina sampun wontên ingkang dipun kanggèkakên damêlipun dening parentah Walandi, lan malih tumrap para maos Kajawèn, salah satunggal bokmanawi wontên ingkang gêgayutan ing bab punika. Mênggah cêcariyosanipun makatên:

Kala ing taun 1708 ing Sêmarang wontên tiyang Jawi nama Bêstam, umur 27 taun, kagolong pintêr. Kala samantên Bêstam dipun timbali ingkang bupati Sêmarang asma Kyai Adipati Sura Adimênggala, kadadosakên juru sêrat wontên ing Sêmarang, awit kala jaman samantên awis sangêt tiyang Jawi ingkang sagêd maos lan nyêrat, lan malih awis ingkang purun nyambut damêl kalihan bôngsa Walandi. Bêstam wau kajawi angsal balônja, inggih angsal pêpancèn siti.

Sarêng anggènipun nyambut damêl sampun angsal tigang taun, balônja tuwin pancènipun siti kaindhakan malih saya kapangkat komis, têtêp manggèn [manggè...]

--- 166 ---

[...n] ing kantor Sêmarang.

Kala samantên anyarêngi ing karaton Kartasura pêpêrangan, kathah têtiyang Jawi ingkang wontên ing Sêmarang sami wayang-wuyungan, wontên ingkang lajêng ambiyantu tumut golongan karaman, namung Kyai Bêstam têtêp ing manah angantêpi wajib. Anyarêngi kalamangsanipun, kala samantên juru basa Walandi ing Sêmarang lowong, sarèhning ing wêkdal punika anyarêngi kathah sangêt padamêlan, inggih punika bab wontênipun sêrat-sêrat saking nata Jawi, Kyai Bêstam dipun sampiri padamêlan wau. Sasirêping pêrang Kyai Bêstam saya kêtingal saening damêlipun, malah sirêping pêrangan wau Kyai Bêstam ingkang dados lantaranipun. Wusana lajêng kaangkat dados sekrêtaris juru basa Jawi. Kajawi punika ugi tampi ganjaran siti saking nagari run-tumurun, ngantos sapriki taksih karan kampung Bêstaman, Sêmarang. Kala punika ing tanah Jawi dèrèng wontên up jaksa, Kyai Bêstam ingkang wiwit nindakakên padamêlan jaksa wau. Wusana lajêng kawisudha dados ondêrêgèn wontên ing Têrbaya, panguwaosipun botên beda bupati, saha kaparingan santun nama Ngabèi Kêrtabasa, taksih ngrangkêp padamêlanipun sèkrêtaris Jawi utawi juru basa Jawi.

Kala samantên anyarêngi karaman Mangkubumèn, sajawining kitha Sêmarang, inggih punika ing Pêterongan, Jombêlang, salajêngipun ngantos dumugi Magêlang, sampun dipun broki ing barisan brandhal, têtiyang salêbêting kitha Sêmarang ngantos ajrih mêdal saking kitha.

Bab punika nuwuhakên kawigatosaning panggalihanipun parentah. Ing ngriku Ngabèi Kêrtabasa gadhah pamrayogi rêmbag dhatêng parentah, saha atur wau kadhahar, wusana lajêng wontên sêrat saking Batawi dhatêng Pangeran Mangkubumi. Nalika sêrat wau badhe kalampahakên, botên wontên ingkang kadugi tumindak, sanadyan para bupati pisan sami mopo, amargi saking giris dhatêng agênging barisipun mêngsah. Bab punika Ngabèi Kêrtabasa ingkang lajêng kadugi badhe ngaturakên dhatêng Pangeran Mangkubumi, sarana lampah nyalamur.

Lampahipun Ngabèi Kêrtabasa sami mindha kuli, wontên ing candhi kapanggih pangaritipun Dêmang Jêthak, ingkang nuju baris wontên ing ngriku. Ngabèi Kêrtabasa [Kêrta...]

--- 167 ---

[...basa] cariyos manawi asli tiyang Magêlang, badhe mantuk ajrih, mila badhe tumut ngarit wontên ing ngriku. kêlampahan Ngabèi Kêrtabasa tumut ngarit, dados pangaritipun Dêmang Jêthak, sarêng anggènipun wontên ing ngriku sampun nêm dintên lajêng anglajêngakên lampah dhatêng Magêlang, taksih nyalamur kemawon. Wusana dumuginipun Magêlang anjujug pabarisan, lajêng dipun cêpêng, dipun kintên têlik ngantos adamêl orêging pabarisan.

Bab punika ngantos kauningan ing Kangjêng Pangeran Mangkubumi, tiyang ingkang kacêpêng dipun ladosakên. Wusana sadumugining ngarsa dalêm kangjêng pangeran, lajêng matur walèh punapa saprêlunipun, saha ngaturakên sêrat saking Batawi. Wohing lampah wau, pabarisan lajêng kabibarakên.

Sawangsulipun Ngabèi Kêrtabasa angsal panarimah agêng, saha angsal sêsanggêman saturun-turunipun ingkang sae, kagalih dening parentah. Ing salajêngipun, turunipun Ngabèi Kêrtabasa ingkang dados bupati anak kêkalih, putu gangsal.

Cêcariyosan puniku, ngatingalakên bilih bôngsa Jawi punika sanadyan kala ing jaman samantên ugi sampun wontên ingkang sagêd nindakakên padamêlan wêrit, dados mênggah tiyang ingkang sampun angsal kapitadosan, manawi ngantos manggih sabab ingkang nuwuhakên raos dhatêng sudaning kapitadosan wau tamtu inggih lajêng karaos kemawon, lan têtela bilih rêkaosing tiyang sêpuh punika sok numusi sae, thukul wontên ing anak putu.

Jagading Wanita

Dhêdhaharan Wulan Siyam

Sayêktosipun mênggahing bôngsa Islam, manawi nuju Siyam, sanadyan botên ngêmên-êmênakên prakawis olah-olahan, nanging mêksa ngawontênakên ingkang langkung saking mêsthi. Botên kok anggènipun olah-olah dipun pêng ngungkuli padatan, nanging prêlu mujudakên kangge buka utawi saur. Lan sarèhning pranataning nêdha beda kalihan padatan, kêpêksa lajêng ngêning-êning, upami padatan manawi nêdha namung kalihan sambêl, kalanipun Siyam mawi wêwah lalaban.

Wontên gotèkipun para sêpuh, nanging bokmanawi para nyata, tiyang Siyam punika adhakan, kalanipun buka kêdunungan manah ngôngsa, panêdhanipun lajêng asring kêladuk, wêkasan adamêl botên sakecaning wêtêng. Ingkang makatên wau dados ugi prayogi anjagi kasarasan, kêdah sarana jêjampi.

Nanging kadospundi ingatasipun tiyang Siyam kapurih jêjampi, wah anggènipun jêjampi wau kalanipun buka, punika botên mathuk sangêt. Ewadene sarèhning sêsêrêpan, utawi sampun wontên ingkang ngêcakakên, dipun cakakên kenging botên, [botê...]

--- 168 ---

[...n,] inggih botên dados punapa. Mênggah ingkang dipun wastani jampi wau sayêktosipun têtêdhan, inggih punika gudhangan. Pandamêlipun kados ing ngandhap punika:

Gudhangan mêntah.

Mêndhêta godhong gagan-gagan satêkêm, sêre tigang uwit, godhong jêram pêcêl ingkang ênèm tigang lêmbar, sawarnining pupusing gêgodhongan ingkang kenging katêdha, upaminipun pupus godhong pêlêm (pradapa) pupus godhong pala, sasaminipun. Sadaya wau karajang lêmbat, sêrenipun namung kapêndhêt ingkang ênèm, lajêng dipun kumbah rêsik saha kaatusakên.

Bumbunipun: maruda klapa sacêkapipun, sarêm sacêkapipun, lombok sakêdhik, kulit jêram purut dipun parud sakêdhik, kêncur sakêdhik, manawi wontên dipun êmori wowohan ingkang raosipun kêcut, kados ta pêntil pêlêm, woh pala, dipun rajang lêmbat. Bumbu wau lajêng kacarub ingkang waradin lajêng kacarubakên ing gêgodhongan ingkang sampun dipun rajang wau. Punika sampun kenging dhahar, tumrap ingkang karsa kenging dipun dèkèki gêndhis pasir. Dene pandhaharipun ing wanci buka sadèrèngipun kalêbêtan dhêdhaharan, namung dipun gadho lugu kemawon. Tamtu kemawon raosapunraosipun. botên eca, nanging botên tilar sêdhêp, makatên malih saking cariyosipun ingkang sampun nindakakên, kajawi gadhah daya sakeca dhatêng wêtêng, ugi numani. Awit raos ingkang botên eca wau lajêng sagêd ngosokwangsul. Ingkang kaparêng nyobi prayogi nyobi.

Sêgêr-sêgêran, rujak timun.

Mundhuta timun ingkang agêngipun cêkapan, kasigara byak, lan dipun kêrokana mawi sendhok alit, pangêrokipun dipun kambang kemawon, pamurihipun sagêd lêmbat anglamut. Manawi timunipun sampun sêpuh, isinipun kabucala, dene manawi ênèm, kenging dipun sadayakakên, sampun ngantos katutan kulitipun, timun kêrokan wau lajêng kawadhahana ing gêlas, dipun toyani sakêdhik, botên prêlu kathah, awit timunipun sampun pangawak toya. Lajêng dipun dèkèki gêndhis pasir salêginipun, wusana dipun kêcêri jêram pêcêl, utaminipun mawi ès, botênipun, makatên kemawon raosipun sampun kados mawi ès satêngah ngabar.

Sêgêr-sêkêranSêgêr-sêgêran. kados makatên wau, pandhaharipun ugi wanci buka. Mênggahing dayanipun, lungkrahing badan kalanipun siyam, samôngsa kasiram ing unjuk-unjukan punika lajêng larut, clês, asrêp, anungtumakên otot bayu. Dados unjuk-unjukan wau tumrap wontên ing kitha sagêd kasêmbuh ing asrêping ès, dene tumrap wontên padhusunan, prasasat damêl ès piyambak. Prayogi kanyatakakên.

Sanès dintên badhe kasambêtan ing bab dhaharan sanèsipun, kapilihakên ingkang mathuk kagêm ing wulan Siyam.

--- 169 ---

Bab Tanêman

Pohung (Bodin)

Pohung punika miturut cêcriyosan asli saking tanah sabrang, nanging sampun kêlimrah lan mratah dados tanêmanipun tiyang siti Indhonesiah sadaya. Gêsangan sangêt, pancaripun gampil, cêkap saking witipun, dipun têngkêl-têngkêl panjang watawis nyacêngkang, lajêng dipun cêblokakên ing ipukan, punika lajêng sami thukul. Anggènipun mônja kêdah titi, sampun ngantos nyungsang, ing têmbe wohipun botên eca katêdha. Layak wontên ila-ila, botên kenging kêsêsa nanjakakên, kêdah nyrantosakên garinging tlutuh, wohipun mindhak langu. Punika yèn dipun manah-manah klêbêt ngakal. Awit mênggah wit pohung punika yèn dipun lêrêbakên sawatawis dintên, ing soca sampun sami sêmi, dados botên badhe klintu bongkot pucukipun. Pramila adatipun tiyang dhusun têngkêlan-têngkêlan wau kabêngkêtan lan lajêng kadèkèk sangandhaping wit pisang, ing ngriku papan ayom tur hawanipun asrêp, pramila lajêng dados sêminipun. Sasampuning pinanggih sami sêmi sawêg kapônja.

Nanêm pohung punika ingkang kasuprih wohipun, punika sajatosipun oyodipun, nanging dilalah inggih punika ingkang eca katêdha. Ing nginggil inggih ugi sok mêdal wohipun, warninipun kados jarak kêpyar, namung punika botên paedah punapa-punapa. Watawis umur-umuran gangsal wulan (tumrap bangsaning genjah) lan sangang wulan (tumrap bangsaning pohung lêbêt) sampun wiwit kenging dipun cagêrakên, nanging inggih taksih klêbêt kêsêsa. Ingkang genjah sêpuhipun ngantos pitu, lan ingkang lêbêt ngantos sataun, langkungipun samantên malih, sampun anggêmbosi utawi ngayu. Manawi katitipriksa, kawontênanipun woh (ingkang wontên siti) ragi anèh, sakêdhap ngayu, dados sari-sarinipun larut, sawatawis dintên malih sampun pulih kados wingi uni. Pramila dados tuwuhing gugon tuhon, ambubak pohung makatên kêdah kalêrêsakên wontên ing umur-umuran ganjil. Petangan makatên punika têmtu mêndhêt saking kawontênan pêpasthèning tuwuhing pohung ingkang molah-malih wau, udakawis wontên sakiwa têngênipun sawulan. Kawontênan punika inggih klêbêt ngakal malih, pandugi kula, nalikanipun ngayu, sari-sari wau sawêg prêlu kangge dumadosipun, kados ta: indhaking wit, godhong, tuwin sanès-sanèsipun. Yèn sari-sari wau nglêmpak wontên ing oyod, ing wêkdal punika têmtu titimasa ingkang sae tumrap bubakanipun. Bab punika kenging dipun nyatakakên mawi coban, upaminipun sawêg ngayu, dipun sandèkakên rumiyin, ngêntosi sawatawis dintên malih.

Ing ngajêng sampun kula criyosakên bilih tanêman pohung punika gampiling gampil, bêtahipun [bêtahipu...]

--- 170 ---

[...n] pasitèn kêsat, pramila tumrap pasitèn ingkang kirang sae, murih makantukimikantuki. prayogi katanêman pohung, ing ngriku têmtu gêsangipun, tur sajatosipun langkung kasil katimbang dipun tanêmi jagung, nanging inggih sampun nyupèkakên tanêman baku, inggih punika jagung. Tiyang dhusun ingkang gadhah simpênan jagung punika prasasat gadhah simpênan pantun, manahipun ayêm, jalaran jagung punika manpangatipun mèh kados sêkul. Rekanipun murih sagêd kacêpêng mrika-mriki akalipun gampil kemawon, inggih punika pananêmipun sarêng-sarêng klayan jagung, punika kawontênanipun sae kemawon, jagung lêstantun, makatên ugi pohungipun. Patrap makatên punika caranipun jaman samangke ngupados kaindhakan, nanging bab lêmèn sampun dipun lirwakakên, awit punika dados pakaning tanêm tuwuh, emuta siti sapunika tansah botên wontên kèndêlipun dipun tanêmi, yèn botên kajagi kados ingkang sampun kapratelakakên, ing têmbe sagêd kacuwan awit dening botên dados tanêmanipun.

[Grafik]

Siti parêdèn ing Jawi Wetan, ingkang sawêg kabubak.

Bab panyade tumrap sapunikanipun sampun botên kèwêdan, jalaran pabrik pohung sampun kathah. Pabrik wau mêndhêt pathinipun, punika lajêng kakintunakên dhatêng sabrang, pramila dados padagangan agêng. Ingkang kathah pathinipun punika bangsaning pohung lêbêt, punika witipun sêmu abrit utawi pêthak, ingkang sêmu ijêm punika bangsaning genjah.

Yèn badhe kiyat dangu kêdah kadamêl gaplèk, punika ing môngsa pailan sagêd kangge sumbang surung dhatêng têdha. Kadamêl têtêdhan warni-warni inggih lêmêsan, malah pandugi kula ingkang kakintunakên dhatêng sabrang punika wangsulipun mriki dados bêskuwit, pramila sapunika wontên bêskuwit ingkang rêginipun mirah.

Sumadi. Pangarasan (Brêbês)

--- 171 ---

Panggulawênthah

Panggulawênthah Lare Sawatawis

Sambêtipun Kajawèn nomêr 10

[Gambuh]

ing mangke kang winuwus / katrêsnane wong tuwa mring sunu / apan bêcik lamun sinimpên nèng batin / aywa rêmên ngucap têmbung / ngalêmbana kongsi kasok //

awit yèn bocah mau / ngrumasani sinihan satuhu / ing satêmah tuwuh tyase ngadi-adi / yèn jêjaluk tan tinurut / lêledanira andados //

wondene jatinipun / kang ingaran wong trêsna mring sunu / yèku dudu srana ngrêngga busanadi / lan nuruti karêpipun / amuktèkkên kongsi notog //

mungguh ingkang kadyèku / mandar dadya wisuna satuhu / saking bocah wus manuh maring kamuktin / ngadat kêsèd kang tinêmu / dening kulina akongkon //

lawan ing benjangipun / diwasane ing sawastu kidhung / saya lamun wus tininggal yayah wibi / nora nana kang têtulung / nyampêti sakabèh butoh //

ing kono wiwitipun / krasa rasa lêlakon kapungkur / angakoni uripe wong donya iki / kudu awas lawan emut / lan uga nganggo prihatos //

marma sayogyanipun / wiwit bocah kabèh tindakipun / pinardia pinrih tumindak pribadi / dimèn mulur nalaripun / jêmbar wawasaning batos //

tur ta agawe untung / angènthèngke karyaning wong sêpuh / mung yèn prêlu wong tuwa ngawat-awati / andunungke tindak klèru / asung tuladha wêwaton //

lan manèh pedahipun / angilangke wêwatêkan nguthuh / jêr sanyata ananing nguthuh puniki / saking kêsèd asalipun / sarta sêpi ing prihatos //

sanajan nguja sunu / lamun maring kagunan tumuju / nora nana ilange lamun ngragadi / kaya ta upamanipun / kanggo têtuku pirantos //

tur bocah dadya mungkul / nora dhêmên dolan angaluyur / nanging muhung anèng wisma ngonggat-anggit / kang maring wisma pikantuk / sayêkti anyuda boros //

poma sami dèn emut / aywa rêmên anglulu mring sunu / saya lamun tinêmu nèng bocah cilik / kang durung wruh bênêr luput / akarya mamang ing batos //

satêmah tindakipun / datan kêndhat samaran kang langkung / liring bocah tan tuwuh andêl ing kapti / tan ngrungkêbi bênêripun / ingkang wus pinikir bontos //

môngka tumrap panggayuh / prêlu ana piandêl puniku / dening bisa gumrêgut tindakirèki / nora mundur ing pakewuh / ing satêmah bisa klakon //

wusana kang mangapus / wanti-wanti ngaturkên pêpemut / mugi-mugi ingkang andarbèni siwi / aywa lena mardi sunu / dening prakawis wigatos //§ prasajaning pitutur / barès kurès gampil môngka catur / tandukira mêmulêt amikênani / kula anêmênkên atur / kadugi ngêcapi jêmpol //.

Darpa.

--- 172 ---

Waosan Lare

Sapu Ilang Suhe

VII. Ngali lunga.

[Kinanthi]

lêlakon lakune thukul / adhakan nuli manthingil / kaya uripe Abdulah / pancène wis bêcik apik / ananging ya wong manungsa / sok kêsasaran ing sêdhih //

ora ngira ora wêruh / yèn Ngali nganyar-anyari / arêp wiwit duwe pokal / dhêmên ambuwangi dhuwit / sabên dina mung kluyuran / kumpul lan wong ora bêcik //

ora kêndhat grudag-grudug / cah akèh padha tut buri / anggêpe kaya bêndara / digrubyug ing para abdi / didhèrèkke mrene-mrana / mung waton ambuwang dhuwit //

mêsthi bae wong sing nrambul / padha bungah minthi-minthi / rumasa ora kelangan / mung pawitan ana uni / gêlêm ngumpak ngalêm blaba / dhuwite banjur nalitik //

sabên uwis wayah surup / wus tata miranti cancing / arêp mênyang gon tontonan / kancane wis pating sruwit / ngêntèni ana ing dalan / wise gathuk ting cêkikik //

nuli padha pating kluyur / wis mèh esuk lagi mulih / esuke mung kêlangopan / nganti lali mênyang wajib / priye carane dodolan / wis ora cumanthèl ngati //

ing sabên dina mung ngantuk / wayah sore lagi eling / awit wis mèh wayah dolan / lêlakon sing ngono kuwi / dadi pikire wong tuwa / nêdya arêp elik-elik //

mung bapakne rada rikuh / awit rumasa ngèlingi / ngatase wong duwe bôndha / lagi kêsrêmpil sathithik / ora yèn bakal karasa / kuwi mung prakara sipil //

nanging wusana kêbacut / upama urubing gêni / uwis dadi ngômbra-ômbra / arêp disirêp malahi / Abdulah nuli rêmbugan / karo sing wedok ing bêngi //

sawise anake turu / sing lanang klisik kalêsik / mungguh kowe kapriye ta / prakara anakmu Ngali / aku nganti rada eram / dene watêkane salin //

dhèk bocahe nurat-nurut / saikine dadi malih / sing wedok mangsuli kôndha / lan ngêsut suruhing tapih / jênêng bocah uwis lumrah / yèn gêdhe mangkono kuwi //

karo rumasa diugung / dhasar bapakane sugih / sing lanang tumuli nyêntak / gunêmmu banjur ngêcuwis / apa aku ya ngugung ta / yèn grêgêtên tak têmpiling //

sing wedok ngowahi susur / karo anggalêgês muni / kowe kuwi kliru tampan / yèn aku muni sathithik / banjur kogagas adawa / bok rada sabar sathithik //

lan kandhaku durung tutug / thik-thik banjur tak têmpiling / ênya wis rikat tibakna / sing trêsna nyang anak kuwi / apa iya êmung bapa / bok iya nganggo dipikir //

kaya ta Si Ngali mau / kowe rada luput thithik / ora nganggo titi

--- 173 ---

priksa / mung koêndêl têrus ngati / nanging wong ya jênêng anak / kapriye gone nyrêngêni //

Abdulah ketok mêcucu / mancêrêng karo mangsuli / ngono yèn biyung nyang anak / karêpe mung nyunggi-nyunggi / anu sathithik dieman / dhêmên anggêdhèkke ati //

anane padha dirêmbug / ya mung arêp murih bêcik / karêpku ngene rungokna / aja pijêr pringas-pringis / Si Ngali arêp tak labrag / nanging mung tak labrag uni //

sing wedok tumuli sambung / sing mangkono kuwi bêcik / nanging aja kasar-kasar / awit dudu bocah cilik / lirih bae waton krasa / yèn kokasar mundhak isin //

kocapa barêng wis esuk / wong tuwane amarani / Ngali nuju kêlangopan / bapakne ngaruh-aruhe / dene kuwi kêlangopan / apa karipan ing bêngi //

wong mêlèk sawêngi nutug / kuwi sirmu apa bêcik / priye lakuning dagangan / dene kabèh ketok nipis / mung kotinggal kêluyuran / nyang gawean nganti lali //

sapa sing sudi têtuku / dagangan mangkene iki / bok kowènèhke thok pisan / môngsa anaa wong sudi / saya kosambi klangopan / wong sing têka padha bali //

jênênge bocah wis ngumur / rak ya nganggo duwe isin / yèn wong dhêmên balayangan / pakolèhe apa kuwi / bok wis omah ana dalan / ora usah mulah-mulih //

dadi tutug gonmu ngluyur / yèn ngêlèh ngêmuta krikil / wis suwe tak ancam-ancam / kowe arêp tak srêngêni / hara coba wangsulana / ngakua bênêr saiki //

bokne Ngali ing dhèk mau / iya milu êtut buri / banjur anjiwit sing lanang / ing karêpe dikon eling / aja bangêt nguman-uman / yèn bocahe dadi isin //

nanging malah dadi nêpsu / nuli nolèh lan anggêjil / unine saya andadra / prêdom bangêt kowe kuwi / athik kowe nganggo calak / wani arêp mêmalangi //

Ngali sanalika mau / ketok bangêt gone wêdi / arêp muni ora bisa / dadi mung mandhêg ing ati / wusana lês banjur lunga / ora gêlêm dikon bali //

Dulah saya mabul-mabul / sing wedok diuring-uring / dikira saka ing biyang / bocah dadi ngono kuwi / ing wusana nuli kôndha / togna bae lunga ya wis //

sing wedok asênggruk-sênggruk / mingsêg-mingsêg karo muni / wingi aku uwis kôndha / rêmbuge tak êkon lirih / dene banjur nyêntak-nyêntak / kuwi jênêng anggêgiri //

yèn wong lanang kuwi êmbuh / tegan bangêt têrus ngati / tur nèh Ngali kuwi nyawa / tumrap aku ora mikir / nanging yèn nêmoni sabab / aku sing krasa nêrusi //

lumrah bapa ngono iku / êmoh mênyang pait gêtir / kocapa ing sanalika / wong saomah tanpa uni / kabèhe padha katara / anggagas susahing ati //

--- 174 ---

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Bab badhe rawuhipun Pangeran Adipati Anom ing Dhènêmarkên dhatêng Indhonesiah, dumugi samangke pamarentah dèrèng tampi pawartos ingkang sah, sagêd ugi sande botên saèstu rawuh.

Tirtayasa, pakêmpalaning para têtiyang Bantên ingkang sami manggèn ing Bandhung ingkang dipun pangarsani dening Tuwan Jayakusuma, miturut kêkêncênganing parêpatan warga ingkang mêstas dipun wontênakên, badhe malêbêt dhatêng P.P.P.K.I. sarta badhe damêl propagandhah ing sajawining kitha Bandhung.

Nalika tanggal 30 Januari punika dening Volksraad-stemkantoor kawontênakên parêpatan ngrêmbag badhe pilihan warga rad kawula bôngsa pribumi kêkalih, gêgayutan kalihan lèrèhipun R.A.A.A. Jayadiningrat (kring Jawi Kilèn) kalihan P.A. Kusumayuda (kring Jawi Wetan).

Satunggiling kuli S.S. ing Batawi manggih patlum dhinamit ing salêbêting siti. Sarêng kathuthuk mawi tugêlan tosan patlum wau amblêdhos, ngèngingi kuli ingkang kirang wêweka wau, ngantos tatu sangêt. Makatên pikantukipun tangan rêmên ala nganggur.

Wontên pawartos Dr. R.M. Sujadi dèrèng dangu punika tilar donya wontên ing C.B.Z. Sêmarang. Suwargi panjênênganipun ngasta padamêlan wontên ing C.B.Z. kasêbut nginggil, sarta sampun kawêntar mênggahing kasagêdan saha kasaenanipun. Mugi rohipun tinampènana ing pangayunaning Pangeran saha jinêmbarna ing kuburipun.

Pirmah Fraser Eaton ing Surabaya, panging Kongsi tiga. Dèrèng dangu mentas kêtitik wontên kêkirangan arta f 44.000.- ingkang dados têtanggêlanipun satunggiling punggawa bôngsa Walandi ing ngriku, nama Tuwan A.L.F. Rumemper ingkang ugi ngiras dados bokser. Samangke punggawa wau katahan, kadakwa ingkang nyalingkuhakên, gêgayutan kalihan bab punika kasir bôngsa Tionghwa ing pirmah kasêbut nginggil ugi tumut katahan.

Nalika tanggal 27 Januari punika Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan kaparêng miyos dhatêng Gunungkidul, dene prêlunipun kajawi tuwi rayi dalêm, Gusti Bandara Radèn Ayu Pringgadiningrat, ugi mratitisakên kawontênaning têtanêmanipun para têtiyang tani ing ngriku, gêgayutan kalihan wontênipun pailan ing samangke.

Kala tanggal 30 Januari punika, awit saking dhawuh timbalan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, Kangjêng Pangeran Adiwijaya kautus amatêdhakakên pisungsung dalêm warni têkên ingkang pinatik ing nawarêtna dhatêng Tuwan van Zalinge presidhèning K.P.M.

Saking Medhan kawartosakên, jalaran wontênipun jawah ing môngsa punika pancèn kirang nyêkapi, ing bawah Sumatra sisih wetan saha ing Idhi (Acèh) kathah têtanêman ingkang botên dados.

Sambêt kalihan pawartos bab pilihan warga enggal ing rad kawula minôngka gêgêntosipun R.A.A.A. Jayadiningrat, kalihan P.A.A. Kusumayuda, ingkang kapilih R. Idih Prawiradiputra rechtskundige ing Garut (N.I.V.B.) saha R.A.A.A. Wijayasuwônda, bupati ing Trênggalèk (P.E.B.).

Wontên pawartos, Tuwan P.F. Dahler badhe nyuwun lèrèh saking anggènipun jumênêng wontên rad kawula, gêgayutan kalihan kalênggahanipun enggal jumênêng pangagênging taaltechnische afdeeling ing Bale Pustaka, kados ingkang sampun kawartosakên ing Kajawèn ôngka 10.

Nalika malêm Minggu tanggal 26/1-'30, ing pandhapi kawêdanan Caruban dipun wontênakên pasamuwan ngangge ringgitan, minôngka ngramèkakên murid-murid pamulangan ôngka II pangkat 5 ing sabawah dhistrik Caruban, dipun jumênêngi pêpatih Madiun, tuwin pêpatih Nganjuk, punapadene ingkang wadana kitha Madiun. Kajawi punika ugi kathah para priyantun sanèsipun ingkang sami rawuh. Adêgipun pasamuwan wau saking pirukunanipun para priyantun, kabantu ing wadana Caruban. (K.4504).

Dintên Minggu ping 26/1-'30 ing Kêbumèn sampun sagêd ngadêg pakêmpalan guru dhusun (P.G.D.) ingkang mlêbêt lid 173 tiyang, bêstiripun 15. Guru wanita botên kantun. Ingkang andhatêngi utusan P.G.D. Purwarêja, Kutaarja, Karanganyar. Enz. (K.2651).

Wontên satunggiling lare nama Slamêt, asli saking dhusun sacêlakipun Karanganyar (Kêdhu). Rumiyin sinau wontên ing H.I.S. Adidarma Ngayogyu,Ngayogya. lajêng nglajêngakên dhatêng kwiksêkul Adidarma, jalaran tiyang sêpuhipun botên sagêd nyêmbadani waragadipun, pun Slamêt lajêng kêpêksa mêdal saking pamulangan, wasana nêmpuh byat cêpêng damêl wontên ing satunggiling kapal ing Tanjungpriuk. Pun Slamêt pancèn lare ingkang agêng tekadipun, mila bilih wontên sêlaning padamêlan inggih lajêng maos buku-buku kangge ngindhakakên sêsêrêpanipun. Lami-lami bab punika kauningan dening tuwan nangkoda. Cêkaking cariyos, Slamêt awit saking kamirahanipun tuwan nangkoda kalampahan kalêbêtakên dhatêng pamulangan calon guru mudhi ing Singgapura. Sarêng sampun kalih taun kadadar kasagêdanipun, sagêd lulus [lu...]

--- 175 ---

[...lus] dados juru mudhi klas III. Salajêngipun, Slamêt sagêd minggah-minggah pangkatipun, wasana kala wulan Juli 1929 pangkat dhatêng nagari Walandi, malah kawartosakên sampun lulus pandadaranipun dados aspiran upsir klas III, satunggiling pangkat ing lautan ingkang kagolong sampun inggil, minggahipun sagêd dados nangkoda. Mugi kemawon sagêda kasêmbadan ingkang dados sêdyanipun.

Pamulangan luhur têtiga ing tanah Jawi sêsarêngan ngaturakên pambagya basuki sarana tilgram konjuk dhatêng paduka Prinsès Yulianah ingkang mêntas kaangkat dados eere doctor ing bab ngèlmu ukum.

Ing kadhistrikan Ciparai bawah Bandhung wontên tiyang 10 katrajang sêsakit pès planjêr, ingkang 3 salêbêtipun tigang dintên kalajêng pêjah.

K.N.I.L.M. benjing tanggal 10 Pèbruari punika badhe nyobi nglampahakên mêsin mabur saking Batawi dhatêng Singgapura, wontên Palembang kèndêl ing dharatan sakêdhap, prêlu ngisèni bènsin, dene danguning lampah kadugi wontên 7 jam. Enjingipun tumuntên badhe wangsul anggêgana malih dhatêng Batawi. Wontên pawartos, Tuwan Sir Josiah Crosby Konsul Jendral Inggris ingkang badhe kondur dhatêng Eropah awit saking sêdhahanipun maskape kasêbut nginggil kaparêng badhe tumut anggêgana dumugi ing Singgapura, lajêng badhe têrus nitih kapal Insulinde.

Lulus iksamênipun doctoraal bagean ingkang kapisan ing Rechtshoogeschool Tuwan Santosa Tohar.

DereDèrèng. dangu punika lèpèn Wampu (S:O.K.), mêntas bêna agêng, ngantos lubèr ngêlêbi kampung saha têtanêman ing bawah Langkat. Para têtiyang sami ngili, barang darbèkipun katilar sadaya. Têtanêman pantuh kathah ingkang risak, kapitunan katapsir wontên f 150.000.-

Wontên kabar, gêmintê Cirêbon badhe amisudha satunggiling Wethouder bôngsa pribumi, gêgayutan kalihan sêdyaning gêmintê badhe andandosi kawontênaning kampung-kampung ing salêbêtipun taun punika.

Saking Surabaya kawartosakên, bilih ing kamar mêsin salêbêtipun kapal Annatiana ingkang sawêg dipun dandosi wontên ing droogdok mêntas wontên kêbêsmèn ingkang ragi nguwatosi. Mila kapal wau lajêng enggal-enggal kasèrèt mêdal dhatêng palabuhan. Kapitunan kadugi wontên f 100.000.-

Wangsulan saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 2967 ing Cisêru. Pandangu panjênêngan Instituut Blom ("Royal" Typeswriterschool) Rijswijk 11 pav. Weltevreden.

Tuwan Sumadirya, ing Magêtan. Gambar botên kapacak, kakintunakên wangsul.

Lêngganan nomêr 4753 ing Wanagiri. Karangan panjênêngan kalih iji sami botên kapacak, amargi bab dongèng sampun kêrêp kapacak wontên ing sêrat kabar, dene satunggalipun namunamung. pêthikan saking sêrat.

Lêngganan nomêr 843 ing Parakan. Pambatang panjênêngan lêrês. Sapunika kula aturi ambatang malih, Petruk punika sintên.

Nung- nung- nung

Ngaturi uninga dhatêng para maos sadaya, mugi sampun cuwa ing panggalih, ing dintên punika sarèhning boên kêduman papan, pun Petruk botên ngêdali. Kaundurakên wontên ing Kajawèn ngajêng punika.

Nung- nung- nung

Pawartos wigatos

Ngaturi uninga, para lêngganan ingkang dèrèng ambayar rêgining Kajawèn ing kuwartal kapisan, punika botên kakintunan Kajawèn wêdalipun wulan Pèbruari malih, ewadene manawi tumuntên ambayar, ugi taksih kasadhiyanan. Murih botên kacuwan, kaparênga tumuntên ngintuni rêgining Kajawèn, amargi namung dipun sadhiyani sakêdhik.

--- 176 ---

Wêwaosan

Rara Rêjêki

Karanganipun Radèn Lurah Sastrayagnya ing Surakarta.

9

[Pocung]

gya tumurun jalak seta arsa ngidung / mêmiringi sang dyah / ywa kongsi ngêgèt-êgèti / panêmbange sinawung sêkar têngahan //

mrih pakantuk lan wancine esuk-esuk / pelog pathêt barang / mèt sêkar Kusumastuti / mangkana kang kinarya sêkar Lampita //

[Sekar Lampita]

dhuh kulup putraningsun / sirèku wus wanci / pisah lan jênêng ingwang / ywa kulinèng ardi / bêcik sira nèng praja / suwitèng narpati / amung ta wêkas ingwang / ywa pêgat têtèki //

apindho wêkas ingsun / Prabu Malwèngpati / ratu Nungswa Kancana / duk kala ngêjawi / Sêkartaji sinêdya / ngrabaswèng Kadhiri / antuk tandhing kalawan / Panji Wanèngpati //

Sang Rêtna ngrum mirêng sabawa angidung / jroning tyas nglocita / baya swara apa iki / rênyah arum dahat gawe gawoking tyas //

wruhing sêmu jalak seta mring sang ayu / lumarap mangandhap / andhêkêm ngarsèng sang putri / alon nabda: / dhuh dhuh mundrining bawana //

aywa bingung / ginalih kang barang kidung / bangsaning lêlêmbat / sayêktine amba gusti / kang ambawa swara nèng luhur paduka //

sowan ulun / nyuwun dêduka rêtnèng rum / kumawani amba / ngidung nama ngrêregoni / sang kusuma kang lagya manungku puja //

jatinipun mung saking kumênthus ulun / birai anêmbang / datan mawi amekani / wit kabêkta paksi wana kirang duka //

dèrèng wêruh tatakrama unggah-ungguh / mung guru alêman / mrih winastan paksi wasis /sang kusuma karênan ing tyas lan nabda //

tuntung guyu pait kilang têmbungipun / dhuh dhuh jalak seta / ywa katênta sun dukani / malah sira sun anggêp paksi sarjana //

bisa nuju birat ruwêding tyas ingsun / salugune ingwang / nèng wana nawung rudatin / sadurunge sun gêlarkên tikbraningwang //

ingsun dangu jalak ngêndi pinangkamu / apa ingon sira / dene bisa tata janmi / têmtungira tan pae lawan manungsa //

jalak matur pasang sêmu winor umuk / mrih kakênaning tyas / sang dyah mring aturirèki / dhasar wasis jalak tur lêbda carita //

tuntung guyu dhuh gusti lamun andangu / tuhu paksi wanan / nging mangkya kinathik dening / Dyan Sujana satriya Banjaransêkar //

kang misuwur bagus digdaya pinunjul / solahe jêtmika / rêmên angenaki dasih / taksih jaka dèrèng amisik wanodya //

rêmên tulung mring sasamining tumuwuh / kang kataman susah / lêgawa tan darbe pamrih / mila amba kinathik datan garêsah //

mung sumaguh linulut ing siyang dalu / sanadyan rêkasa / nging kanthi bungah tyas mami / wit kawula rumasa dipun pilala //

mung dèn ugung sakarsa ulun dèn turut / yèn sare bandara / amba tan pisah nèng kathil / nunggu sarwi bawa swara ura-ura //

sagêdipun dasihe pisah kalamun / bandara wus nendra / kapati kawula lagi / mandhap saking kathil anunggil prakônca //

singsihipun bandara dhumatêng ulun / kongsi pinaringan / pêparab sun cundhuk mami / de gèn amba sagêd mring wana punika //

sang binagus sakeca sare wit dalu / tan sagêd anendra / mirêngkên pandongèng mami / kongsi klantur wungu lir yuda kênaka //

[Pangkur]

sang dyah karênaning driya / amirêngkên ature jalak putih / ing tyas rangu kapirangu / kandhuhan tyas gung rimang / cipta kenging sambang catur nahên gandrung / panglocitaning wardaya / si jalak mêmanas ati //

bisa têmên amraceka / mring gustine kang dadya woding ati / kandhane kongsi agalur / pindha janma carita / ngulur-ulur mung angulur bêcikipun / bisa gawe runtaging tyas / apa jarag jalak iki //

sawusing tyas manglocita / alon nabda nikèn rara rum manis / jalak rungokna sun tutur / yêkti manungsa ingwang / dudu êjim lan dudu bôngsa lêlêmbut / nging janma kabur kanginan / marma praptèng jro wanadri //

wit binedhung ing seluman / ngaku ratu arsa ngrabasèng mami / nging ingsun puguh tan ayun / sêdyane amisesa / gya minantran sun banjur tan wruh lor kidul / dinokok ing watu gilang / tan bisa obah wak mami //

mula datan lunga-lunga / luwih-luwih susah rasaning ati / ri dalu mung nèng wana gung / tan lumrah samèng titah / mula lamun gustinira sang binagus / nêtêpi tyas paramarta / rêmên têtulung kaswasih //

aku bêbana ing sira / umatura karsaa anulungi / luwar sing sangsaraningsun / nyirnakna lêtuhing rat / kang adiguadigung. gumunggung anèng wana gung / misesa wong ora dosa / luware sanggêm anyèthi //

paksi jalak wlas miyarsa / mring sabdane musthikaning wanadri / mangkana jalak turipun / dèn pracaya kewala / mring abdine yèn sampun kawula matur / amasthi Radyan Sujana / adat sok sanggêm nulungi //

angluwari kusumèng dyah / sing sangsara saking pakaryanèki / lêlêthêk ratu lêlêmbut / pintên banggane setan / yêkti lêbur kawisesa gusti ulun / sanadyan kadanga dewa / datan wurung sirna gusis //

môngsa dadak mindho karya / awit gusti Radyan Sujana bilih / ngêtog tiwikramanipun / salira pindha tosan / karosane pitung gajah wawratipun / mila ywa sumêlanging tyas / yèn bandara wus kadugi // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 14, 16 Pasa Taun Ehe 1860, 15 Pèbruari 1930, Taun V

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- 209 ---

Ôngka 14, 16 Pasa Taun Ehe 1860, 15 Pèbruari 1930, Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Ngobrol ing Dintên Sabtu

Bab Wêwatêkanipun Radèn Bratasena

Samangke ingkang badhe kula obrolakên ing Kajawèn ngriki, mênggahing wêwatêkanipun Radèn Bratasena. Niyat kula botên badhe nyariyosakên Radèn Bratasena kanthi ngômbra-ômbra, ngêmungakên ingkang prêlu kasumêrêpan ing ngakathah, sarta ingkang sawatawis gêgayutan kalihan wontênipun gêsang sêsrawungan. Cobi kula wiwitanipun:

Dho dho dhug, dhug, dhug. Wau ta ingkang kocapa satriya ing Munggul Pawênang, jêjuluk: Radèn Arya Bratasena. Brata: atêgês lampah, sena: atêgês: pangajêng, mêngku utawi kuwat. Amila Radèn Bratasena dados pangajênging lampah utawi ingkang nyantosani lampah. Radèn Bratasena manawi badhe lumampah, mawi matak aji: wungkal bênêr. Punapa kasêktèning aji wungkal bênêr: Radèn Bratasena manawi lumampah botên purun menggak-menggok, tansah gêgancangan kemawon, botên ngemuti sungiling margi. Rêdi, jurang, wanawasa dipun sasak.

Sampun, sampun, kok lajêng kados dhalang rêdi. Samangke mênggahing têgêsipun sadaya wau. Ingkang kacariyosakên rumiyin, ing ngriku sampun cêtha, bilih Radèn Bratasena, upami caranipun samangke makatên, jumênêng dados priyantun, cêkakipun jumênêng dados pangajênging pakaryan. Upami ing jaman purwa sampun wontên ondêrnèmêng, lan Radèn Bratasena bêrah wontên ing ngriku, kintên-kintên pangkatipun apês balêbês inggih: sindêr. Dene têgêsipun ingkang kasbut kantun, inggih punika: Radèn Bratasena manawi lumampah botên purun menggak-menggok, punika botên kok anggadhahi kajêng, bilih Radèn Bratasena manawi lumampah botên purun talencengan mawi kampir wontên ing bakmèn, utawi kèndêl numbas saoto, lo, punika botên, makatên ugi mênggahing cariyos, manawi Radèn Bratasena lumampah, rêdi, jurang utawi wana dipun sasak, punika ugi botên atêgês Radèn Bratasena manawi lumampah, punapa kemawon ingkang kapêthukakên, inggih bakula tahu, bakul cao, utawi rôndha ayu pisan, lajêng dipun tunjang kemawon, lo, punika inggih botên. Nanging pikajênganipun, badhe anggambarakên wêwatêkanipun Radèn Bratasena, dados inggih wêwatêkanipun pangajênging pakaryan, kados ta: priyantun, sindêr têbu lan sasaminipun, punika botên kenging talencengan manahipun, kêdah ingkang lêrês sarta adil, botên kenging ambedak-bedakakên satunggal lan satunggalipun, sintên ingkang sae dipun saeni, ingkang awon inggih dipun awoni, têgêsipun: tiyang dados pangajênging pakaryan, priyantun, sindêr têbu lan sapiturutipun, punika kêdah sagêd nêtêpi kuwajibanipun, botên kenging mawas tiyang, sanadyan sadhèrèk piyambak utawi tiyang ingkang dipun trêsnani pisan, manawi lêpat inggih kêdah dipun lêpatakên, kosokwangsulipun, [ko...]

--- 210 ---

[...sokwangsulipun,] sanadyan mêngsahipun utawi tiyang ingkang dipun sêngiti, manawi lêrês inggih kêdah dipun lêrêsakên, makatên salajêngipun.

Salêbêtipun kula nyêrat obrolan kasbut ing nginggil, kula kemutan kala alit kula. Kala samantên sêring kula mirêng cêcariyosanipun tiyang sêpuh: nagari botên amarêngakên, bilih têtiyang sami anyambut damêl nêbu sauyun, têgêsipun: sadhèrèk utawi kulawarga sami nyambut damêl sêsarêngan, upaminipun: ing satunggiling apdhèling: bupati, patih, wadana, cêkakipun sadaya priyantunipun sami sadhèrèk.

Awisan ingkang makatên punika, kala samantên mila andadosakên gumuning manah kula, awit manawi rumaos kula, pancènipun rak malah utami sangêt, jalaran ing sarèhning sadhèrèk sami sadhèrèk, [têmtunipun] sagêd guyub rukun, botên badhe wontên pasulayan, [satunggal lan] satunggalipun sami botên tegan-teganan, ibaratipun manawi salah satunggal priyantun ingkang kajibah nyê[pêng arta], kalêrês kêkirangan arta kas ingkang dados têtanggêlanipun, inggih gampil anggènipun lajêng: kula nuwun, dhatêng ingkang agêng blanjanipun, upami dhatêng bupatinipun. Nanging saya jêmbar wawasan kula, saya yakin dhatêng lêrêsipun awisaning nagari wau, jalaran kathahing tiyang punika awis sangêt ingkang anggadhahi wêwatêkan Bratasena kados ingkang kula sêrat ing nginggil. Môngga, samangke kula badhe anggambar kawontênan-kawontênan ing kala rumiyin.

Ing kala punika awisan nagari ingkang makatên wau, ugi sampun katindakakên, ewasamantên ing sarèhning sampun kina-makina paprentahan nêbu sauyun wau kaêcakakên, para priyantun ingkang kathah-kathah inggih sami wontên tarik-tarikanipun sadhèrèk. Salajêngipun kadospundi panindaking paprentahan ing sawênèhing nagari, punika sok asring nuwuhakên lêlampahan-lêlampahan ingkang anèh-anèh, punapa malih manawi wontên prakawis: priyantun lawanan tiyang alit, punika putusanipun pangadilan kêrêp sangêt pilih sih. Ing ngriku lajêng kados amujudakên kalih golongan. Golongan priyantun tuwin golongan tiyang alit. Ugi kenging dipun wastani: golonganipun têtiyang ingkang wajib mrentah, lan golonganipun têtiyang ingkang dipun prentah. Golongan ingkang kapisan, manawi dipun Malayokakên, inggih ingkang dipun sêbut golongan: yang dhipêrtuwan, dene golongan ingkang ôngka kalih golongan: inggih sêndika. Gêsangipun golongan ingkang kapisan, punika cara wêwayanganipun tansah kasinungan ing Sang Hyang Wênang, dados sanadyan badhea kadospundi kemawon, inggih mêksa tansah unggul juritipun. Kosokwangsulipun, golongan inggih sêndika, sanadyan lêrêsa kados punapa, cara ayamipun inggih tansah: keyok, kemawon. Tuwuhipun kawontênan ingkang makatên wau, botên sanès inggih jalaran wontênipun paprentahan nêbu sauyun wau, ingkang anjalari satunggal lan satunggalipun sami tega sakitipun, nanging botên tega pêjahipun. Ingkang makatên punika inggih sampun jamak limrah, paribasanipun: sagalak-galakaning macan, masa mangana anake dhewe.

Kadospundi nalangsaning gêsangipun têtiyang alit ing jaman samantên, punika para maos sagêd ngintên-intên piyambak. Kosokwangsulipun, para priyantun kala punika inggih kathah ingkang sami gadhah tindak sawênang-wênang, ingkang tanpa kadhawahan paukuman punapa mêsthinipun. Kados ta: priyantun naboki tiyang alit, ngrampas barang darbèkipun tiyang alit, ngrêmêni bojonipun tiyang alit, lan sasaminipun. Dene têtiyang alit ingkang dipun tindakakên makatên, kajawi namung narimah inggih botên wontên. Manawi wontên ingkang lajêng wani ngêlahakên priyantun ingkang tindak sawênang-wênang wau, ingkang kathah botên lajêng angsal pangadilan, nanging malah dipun lêpatakên, sarta dipun anggêp satunggiling tiyang alit ingkang botên sumêrêp tata. Amila tumrapipun tiyang alit, lajêng ngêmungakên narimah sarta mupus. Dumuginipun sapriki ajrihipun tiyang alit dhatêng priyantunipun rumasuk ing balung sungsum, ngantos manawi badhe ngênêng-ênêngi anakipun ingkang nuju nangis, punika taksih kathah ingkang ngajrih-ajrihi makatên: wis mênêng, le, mêngko mundhak didukani priyayi.

Sawênèhing para maos têmtunipun wontên ingkang andangu: punapa ing kala punika botên wontên priyantun ingkang anggadhahi wêwatêkan BatasenaBratasena. wau. O, inggih botên kirang, ananging ingkang kakthah sok botên wani nindakakên kaadilanipun wau, awit kuwatos, bilih ing têmbe wingkingipun, botên sande têmtu badhe dipun sirik utawi dipun sêngiti dening sasaminipun priyantun.

Minôngka kangge amungkasi obrolan kula punika, amila kula tansah gumun ing manah, sarêng maos palapuran karampunganing panitipriksanipun Paduka Tuwan Pastor, mênggah sabab-sababipun ingkang anjalari tuwuhipun rajapati ing sawênèhing ondêrnèmêng. Gumun kula wau, 1e. dene wontên satunggiling bôngsa Walandi ingkang ngatingalakên, bilih kagungan wêwatêkan kadosdene wêwatêkanipun Bratasena sayêktos, têgêsipun: caranipun maniti priksa wau, botên mriksani ngiwa nêngên, ngêmungakên anjêjêgakên pamanggihipun piyambak, 2e. wani adamêl palapuran ingkang anggèsèhi kalihan pamanggihipun umum. Makatên sapiturutipun.

Ing ngriki cêkakaning isinipun palapuran Tuwan Pastor sabab-sababipun tuwuhing rajapati ing sawênèhing ondêrnèmêng: 1e. kuli-kuli asring dipun taboki, 2e. jalaran dipun potong bayaranipun, 3e. asring dipun pisuh-pisuhi, 4e. bojoning kuli asring dipun damêl sapurun-purun, lan taksih kathah malih sabab-sababipun.

Sampun samantên kemawon rumiyin, sanès Sabtu ngobrol malih.

S.m.t.

--- 211 ---

Raos Jawi

Raos Bôngsa

Ing Kajawèn nomêr 12 mratelakakên ing bab raos warga tuwin raos bôngsa, mêndhêt pêpiridan saking cariyos jaman Prabu Aji Pamasa. Raos ingkang kados makatên wau manawi dipun manah-manah, sanadyan dumuginipun jaman sapunika pisan, inggih taksih têtêp botên wontên ewahipun, upaminipun kemawon tumrap tiyang ingkang sagêd manggihakên aluranipun lêluhur ingkang nurunakên, ingkang ugi nunggil lêluhur. Punika raosing manah kados manggih sadhèrèk. Tamtu kemawon ingkang kacariyosakên kados makatên punika tumrap lêluhur ingkang sae, dados mênggahing kajêng tumrap tiyang turunipun tiyang sae.

[Grafik]

Sang Arjuna dhawah ing apês. Lampahan Arjuna Pasa

Salugunipun manawi dipun manah panjang, tiyang ngèngêti dhatêng lêluhur punika inggih nama satunggaling kanugrahan, awit lajêng sagêd anggugah manah, saupami [sau...]

--- 212 ---

[...pami] tiyang rumaos dados turuning priyantun, inggih lajêng kapengin nelad kados caraning priyantun, punapa ta ingkang nama caraning priyantun, inggih punika bab alusing bêbudèn. Mênggahing bêbudèn, tiyang botên sagêd nyamèkakên dupèh sami tiyang, punika tamtu wontên pilah-pilahipun. Beda kalihan kapintêran, punika sagêd sumrambah dhatêng sintên kemawon. Upaminipun kemawon lare pintêr sami pintêr, têgêsipun kapintêranipun sami, nanging bêbudènipun dèrèng tamtu. Inggih lêrês bêbudèn punika kenging dipun udi murih ewahipun, nanging sagêd ugi taksih kandhêgan sarining budi ingkang taksih nabêt kemawon. Upaminipun kemawon makatên:

Kados ta para Pandhawa kalihan Korawa, punika manawi kapêndhêt saking ingkang nurunakên, sami wayahipun Bagawan Abiyasa, mênggahing kasagêdan punapa bedanipun, ing bab ulah dêdamêl inggih sami prigêl, bab ulah praja samantên ugi, rak namung ing pawayangan, Kurawa punika awon. Nanging ingkang samantên wau inggih lêrês, awit mênggahing pangolahipun bêbudèn pancèn beda, Pandhawa lajêng nindakakên sarwa kautamèn, bêtah tapa, ngantêpi dhatêng sawarnining sêdya, sarêng Korawa, namung sarwa nguja kasênêngan, manawi kasèp dhaharipun sarapan sakêdhap kemawon lajêng duka, botên antêpan. Kados makatên mênggah gambaranipun bêbudèn, tiyang ingkang sampun kalajêng kêdunungan budi asor, kêdah beda kawontênanipun kalihan tiyang ingkang kêdunungan budi luhur, tur manawi dipun timbang ing bab gêrêngipun, Pandhawa kawon kaluhuran ingatasing praja kalihan Korawa, namung ing bab bêbudèn mênang Pandhawa.

Pandhawa Korawa punika kangge ngupamèkakên ing bab bedaning bêbudèn, nanging mênggahing raos warga taksih wontên kemawon, kados ta: Korawa inggih wontên kalanipun tangis-tangisan kalihan Pandhawa, wontên kalanipun nunggil budi èngêt dhatêng kasaenan. Têgêsipun gêgayutaning warga punika inggih taksih tansah tuwuh kemawon, tur tata lairipun tansah dados mêngsah. Ing sapunika gêntos angraosakên ing bab têtêping raos sarining budi ingkang taksih nabêt, upaminipun Korawa yèn sawung makatên sawung godhoh pêthak, pantêsipun namung kangge isèn kuwali. Ewadene, wantuning wayah Abiyasan, sarêng dumugining pêrang Bratayuda, wah, sami pêngpêngan sadaya, Radèn Citraksa Citraksi ingkang padatan namung kangge gêgujêngan, lajêng malih dados sinatriya linangkung, antêping panggalih angèl dipun bobot. Para santana Pandhawa dipun slênthik kemawon mancêlat, bok inggih Pandhawanipun pisan, sang radèn kêkalih wau botên wangwang kêdugi angêmbari. Kados makatên mênggah tuwuhing raos warga gêgayutanipun kalihan luhur ingkang nurunakên. Tiyang ambêg prajurit sok taksih katabêtan rêmên pêpêrangan.

Dene mênggahing raos bôngsa, punika sanadyan sampuna kêpêndhêm mèh ical, ugi wontên kalamangsanipun tuwuh, kados ta: manawi nuju kêthuthuk ing rêraosan, kêsrèmpèt ing ginêm, upaminipun tiyang sampun kecalan naluri dhatêng lugunipun [lugu...]

--- 213 ---

[...nipun] ingkang nurunakên, têgêsipun botên sagêd ngurutakên dhatêng lêluhuripun, saha lajêng dados bôngsa sanès, punika manawi mangrêtos bilih nyatanipun taksih gadhah naluri satunggiling bôngsa, tamtu ing batos inggih karaos manawi anggadhahi turunan bôngsa wau. Punika têtuladanipun botên kirang, dene pinanggihipun makatên wau, wontên ingkang jalaran saking lêlampahan ing kina-kina, upaminipun kemawon bôngsa Palembang, punika sanadyan sampun botên sagêd ngurutakên sintên ingkang nurunakên piyambakipun, ingkang gêgayutan kalihan tiyang Jawi, nanging manawi angèngêti babadipun ing kina, ugi kêdunungan raos bilih piyambakipun gadhah raos Jawi. Lan malih têtiyang ing Selon, punika wontên sawênèhipun bôngsa ingkang taksih ngrumaosi manawi turunipun tiyang Jawi, tuwin taksih wontên sanès-sanèsipun malih.

Raos Jawi ing ngriki botên amêngku kajêng punapa-punapa, namung jarwa lugu nyariyosakên raosing tiyang ingkang taksih gadhah raos Jawi, inggih raos bôngsa.

Jagading Wanita

Olah-olahan ing Wulan Siyam

Sambêtipun Kajawèn nomêr 13

Tiyang siyam punika botên rampung dipun bukani kemawon, inggih kêdah manah sauripun, manawi têmbungipun limrah saur punika gampilanipun bayar, dene ingkang dipun bayar punika sambutanipun, amargi tiyang siyam makatên ngrumaosi nyambut dhatêng pun wêtêng, awit lêrêsipun wanci siyang kêdah dipun lêbêti, môngka botên, mila lajêng dipun bayar. Nanging wontên ingkang sadèrèngipun anglampahi siyam, inggih punika ngajêngakên siyam sakawit, sampun dipun sauri, dados nama ambayar rumiyin, punika manjing purit bêtal. Lêrês lêpatipun tindak kados makatên wau kasumanggakakên.

Sapunika para wanita kêdah ngèngêti, sampun ngugêmi bilih bôngsa Jawi punika kaparêngipun dhahar sarwa asrêp-asrêpan, awit saur punika dalu, wancinipun inggih nuju asrêp, sampun ngantos dipun papagakên jangan mênir, mangke têmpuking asrêp sami asrêp mindhak andadosakên kêmplunging wêtêng, adhakan masuk maruta. Mila prayogi: sapisan, kêdah dipun sadhiyani ingkang angêt-angêtan, prêlunipun sarwa angêt punika sagêd adamêl sakecaning wêtêng, tinêbihan ing godhaning angin. Kaping kalih, kaangkaha ingkang miraos, awit mênggahing tiyang saur punika adhakanipun tangi tilêm, manawi ingkang dipun mamah botên karaos wontên ing ilat, adhakan damêl kirang rêna. Kaping tiganipun, [ti...]

--- 214 ---

[...ganipun,] sasagêd-sagêd inggih ingkang warni-warni, awit mênggahing tiyang tangi tilêm, sanadyan taksih kriyip-kriyip, nanging manawi sumêrêp rampadanipun kathah, inggih lajêng mak kalècêm, punika sagêd nênarik daya sae. Beda manawi namung sawontên-wontênipun, sok adhakan namung dipun ulèti kemawon, gampilanipun cobi kadamêlakên.

Sambêl gorèng darèk

Mundhuta daging lêmbu ingkang sae, gajih tuwin sayadanipun kabucalana, lajêng kairis-iris, ingkang agêngipun sabithi-bithi, dipun thuthuki gigiring ulêg-ulêg. Lajêng ngracika bumbu: brambang, bawang, sarêm, traos, gêndhis asêm sakêdhik, salam, laos, sêre, kêmiri, lombok agêng. Kathah sakêdhiking bumbu, kados sampun sagêd ngintên-intên piyambak. Kajawi salam laos tuwin sêre, sadaya dipun ulêg utawi kadhêplok ngantos lêmbat, lajêng kangge ngulèni ulam wau ingkang ngantos rumasuk, laos kalihan sêre dipun gêcak, inggih dipun worakên ngulèni. Manawi sampun rumasuk, lajêng ngêngkrêngna wajan, dipun soki lisah klêntik sakêdhik, saha lajêng dipun cêmplungi ulam wau têrus dipun gôngsa, dipun susuli malih lombok jêmprit wêtahan, pête sêpuh oncekan, wêtahan kemawon, èbi pilihan, ingkang agêng-agêng, têrus dipun kongsrèng kemawon. Sampun kagèt, ing ngriku tamtu ngawontênakên wahing. Manawi sampun sawatawis dangunipun lajêng dipun soki santên kanil ingkang pêng-pêngan, miliha ingkan sanès kalapa ijêm, awit manawi kalapa ijêm wujudipun dados sulak mangkak, têrus dipun udhêg, pangudhêgipun namung cawuk-cawuk kemawon. Manawi sampun nyêmêk-nyêmêk, pangudhêgipun ngantos kandhas, irus ingkang kêrêp dipun kêruk-kêrukakên. Pangolahipun dipun lajêngakên kemawon ngantos asat, ing ngriku duduhipun santun kantun dhapur kumut kalihan lisah. Manawi sampun sumêgrak kados anggônda gorengan, sawêg kaêntas.

Olah-olahan ingkang kados makatên punika kenging dipun simpêni ngantos sawatawis dintên, sabên badhe dhahar kenging dipun êngêt. Mênggahing wujudipun ngrêsêpakên, ulamipun pating pênthongol, manawi dipun cuwil utawi cuwol mêprêl ngênut saebahing driji, tur bumbunipun sampun rumasuk. Pêtenipun pating galuntung wêtahan, tumrap ingkang sêpta sagêd nyôndra kados wosening jumêrut. Èbi pating palêngkung kados mêngsah asrah bongkokan.

Sambêl gorèng darèk punika manawi kangge lawuh adhakan tantang-tantangan kalihan sêkul, têgêsipun tansah tanduk. Mênggah kêpèpètipun, ulamipun dipun gadho inggih nyamlêng.

Prayoginipun sambêl gorèng ingkang kados makatên punika dipun wadhahi ing lodhong, sapisan rapêt, tur wujudipun inggih menginakên.

Sanadyan lawuhan punika sawêg saêbab, kados sampun kenging kangge nyaranani tiyang saur murih garegah botên aras-arasên.

--- 215 ---

Kawruh Sawatawis

Bab Tingkêb

Ing jaman ingkang sampun-sampun, kalampah sangêt sarta malih pancèn sampun kalêbêt tatacara tumrap bôngsa pribumi, malah dumugi sapriki sanadyan sampun awis-awis, nanging satunggal kalih taksih wontên ingkang ngêcakakên, tiyang milujêngi pitung wulan ingkang wawrat têmbean, mawi dipun sêmuwakakên kanthi pahargyan agêng-agêngan, botên beda kados tiyang gadhah damêl mantu agêng sami agêng alit sami alit, mawi jagongan andhatêngakên tamu jalêr èstri punapadene pasumbang sapiturutipun. Sakawit dalu midadarèni, lajêng enjingipun dumugi sontên anjênêngi adusipun ingkang wawrat. Lajêng dalunipun malih taksih jagongan mawi ringgitan cucal.

Ingkang kêcêkapan anggènipun angungêlakên gôngsa ngantos sadintên kalih dalu, mawi têtingalan topèng, gambyongan, ringgitan cucal, trêkadhang wontên ugi ingkang nayuban. Wêkdal pasamuwan adusipun, bojonipun ingkang dipun tingkêbi mangangge cara pangantèn basahan. Èstrinipun sasampuning dipun êdusi dening para tamu ingkang sêpuh-sêpuh, lajêng wontênipun lêbêt griya mawi isarat, dipun anggèn-anggèni sandhangan kados pangantèn, nanging namung bôngsa sêmbêt sarwa adi, santun-santun ngantos kaping pitu. dene sajèn-sajèn punapadene isarat ingkang kasudhiyakakên wêkdal adusipun wau, kathah sangêt tur warni-warni ingkang botên gampil pangupadosipun, cêkakipun namung sarwa rèbyèg imbêt anggêdhabyah yêktos, mila wragadipun inggih bagi nitik kalihan tiyang gadhah damêl mantu, malah bangsaning isarat-isarat sajèn-sajèn sasaminipun kathah utawi angèl-angèl bilih tingkêban, môngka mirit jêjêring prêlu botên patos prêlu milujêngi wawratan mawi pasamuwan agêng-agêngan punika.

Amila sarêng ngancik ing jaman kamajêngan, wontênipun pasamuwan tingkêban lajêng wiwit suda kathah sangêt, dumugi sapunika saya kenging dipun wastani sampun kantun satunggal kalih ingkang ngêcakakên, ingkang têmtu tumrap golongan ingkang sawêg birai gadhah damêl, ing dhusun-dhusun tanah ngare sapiturutipun ingkang kawical cêkap.§ Punika kenging kangge pasaksèn, bilih kala jaman samantên punika punapa-punapa taksih sarwa gampil.

Gadhah damêl ing tingkêban mawi pasamuwan agêng-agêngan, punika saking pamanggih kula piyambak têka ragi sampun botên laras tumrap jaman sapunika, kenging dipun wastani niyat namung damêl kaborosan thok utawi inggih dening sawêg birai gadhah damêl, sawêg lampah utawi patraping pasamuwan ngriku kemawon, wontên ingkang dipun wastani botên prayogi, inggih punika ing wêkdal pasamuwan wanci siyang, adusipun ingkang tingkêb ing pandhapi kêbak kangge lênggahan para tamu, môngka lajêng dipun langkungi [langkung...]

--- 216 ---

[...i] satunggiling tiyang èstri wawrat saking lêbêt griya, mêdal têngah pandhapi namung ambombrong kalihan nyandhang ngangge sêmbêt (tapih) ingkang badhe kangge têlêsan, ginarubyug tamu-tamu èstri kathah. Lajêng adusipun manggèn ing latar, mawi maligi kinarobong sinjang rangrangan utawi cindhe. Tamu-tamu jalêr anjênêngi adusipun, carub wor kalihan tamu èstri ngantos watawis saparatigan jam dangunipun. Nuntên jalêripun ingkang mangangge cara pangantèn, angunus dhuwungipun prêlu kadamêl anatas lawe ingkang kumolong badanipun ingkang adus. Sasampuning natas lawe, dhuwung taksih kacêpêng ligan, kabêkta malajêng dhatêng pandhapi lajêng nunggil tamu-tamu (ngabêktèn). Unduripun para èstri saking padusan wau, wangsul malêbêt griya mêdal pandhapi malih, ingkang mêntas adus namung ngangge pasatan, sapanunggilanipun. Inggih lampah ngatên punika ingkang kula wastani kirang prayogi tumrap pasamuwan agêng-agêngan, utawi kenging kenging winastan kêkathahên gugon-tuhonipun.

Punapa malih mênggah kabatosanipun, wêkdal wau punapa botên kenging dipun wastani sawêg riyalat, anggènipun badhe nampèni pasihaning Allah, nyuwun wilujêng ngantos dumugi lair jabang bayi botên kirang satunggal punapa, têka jêbul kinosokwangsul malah agumyak-gumyak ngêtog suka sênêngipun. Taksih wontên panunggilanipun malih bab-bab ingkang botên salaras kalihan jêjêring prêlu ing bab tingkêb wau.

Awit saking punika, mila sampun sêdhêngipun kangge ing jaman sapunika, milujêngi wawratan ingkang mawi adus tingkêb akanthi pasamuwan agêng-agêngan sagêd suwak botên kalampah malih, nanging prayogi mêndhêt saprêlu kemawon, wilujêngan kêndhurèn bilih kêdah mawi isarat adus, inggih namung adus piyambakan kadosdene adus padintênan. Wusana kula sumôngga para panggalihan saha nyuwun pangaksama.

P.K. 585.

Bab Tanêman

Bit Abrit

Tumrap talatah ing parêdèn Tênggêr, kados ta ing jajahan Tasari tuwin sakiwa têngênipun, ingatasing piwêdalipun bôngsa sayuran ing ngriku warni-warni sangêt, sarta misuwur sae-sae, awit hawanipun tuwin pasitènipun cocog dhatêng têtanêman wau, ngantos panggêsanganipun têtiyang bumi ing ngriku ingkang winical baku inggih punika saking sayuran.

Ing ngajêng sadèrèngipun wonten bôngsa Walandi ngambah ngriku, têtiyang inggih dèrèng gadhah kaprigêlan ing bab punika, mila sarêng sampun pikantuk tuntunan, saya lami saya mangrêtos tuwin sumêrêp ajining tanêmanipun sayuran, mila inggih lajêng saya wêkêl.

Sapunika nyriyosakên ing bab pananêming bit [bi...]

--- 217 ---

[...t] abrit, punika ingkang katanêm wijinipun, mawi kaipuk rumiyin. Mênggahing pangipuk inggih kados sacaranipun tiyangipun wiji kobis, andhèwi, sawi, sapanunggilanipun. Pasitèn nêdha ingkang kathah lêmènipun, bab tatananing gulan-gulan inggih limrah kadosdene pasitèn ingkang badhe katanêman sayuran sanèsipun. Awis kêrêping pananêm 1 kaki pasagi.

Wiji ing ipukan punika manawi sampun thukul lajêng nama winih, winih wau sasampuning kaputêr dhatêng kêbon sayur kêdah mawi katutupan (dipun kudhungi) mawi conthongan godhong utawi pincukan gadêbog, kenging ugi ngangge bathok sigaran cumplung utawi kadamêlna payonan, prêlunipun supados botên alum dening bêntèring srêngenge. Yèn sampun ngalilir kintên umur 3-4 dintên kudhung-kudhung wau dipun bikaki. Yèn botên wontên jawah dipun sirami. Nanging rèhning tumrap tanah Tênggêran wau pananêmipun limrah wontên ing môngsa rêndhêng, tur lèpènipun cêrung-cêrung, dados panyiramipun cêkap saking toya jawah kemawon.

Winih ingkang kenging kaputêr punika manawi sampun agodhong 3-4, sadèrènging kacèblêkakên ing kêbon, oyodipun lajêr kêdah kapêthêtan rumiyin (ingkang nalolèr kaprunthês) paedahipun supados botên nêkuk, tuwin malih sampun ngantos anjalari thukuling oyod ingkang alit-alit.

[Grafik]

Kintên umur 3-4 wulan, manawi godhongipun ingkang sêpuh piyambak sampun anggègrègi, punika nandhakakên manawi sampun kenging kadhudhuk. Pandhudhukipun mayar kemawon, inggih punika namung sarana dipun jêboli utawi dipun jugili, lajêng karêsikan, kakumbah, nuntên kasade dhatêng para bakul ingkang bêtah utawi kasade piyambak dhatêng pêkên, malah tarkadhang tanêman wau taksih gêsang wontên ing têgil inggih sampun kathah ingkang mêling. Dene ingkang asring ambêtahakên dhatêng bit abrit wau inggih punika para nyonyah-nyonyah Walandi.

Nirrasa.

--- 218 ---

Waosan Lare

Sapu Ilang Suhe

X. Susahipun tiyang sêpuh

[Mijil]

susah ribêde wong anom kuwi / yèn nêmoni lakon / kang agawe pêtênging atine / rumasane yèn ing jagad iki / mung kêbak prihatin / rana-rene kojur //

ewadene pangrasane isih / durung gêlêm kapok / mung anggugu ing karêpe dhewe / sakabèhing luput diselaki / ngakune mung bêcik / mula sok kêbacut //

dhèk samana lakune Gus Ngali / tanpa menggak-menggok / nanging ora karuwan karêpe / barêng uwis wiwit wayah bêngi / pêtênge ngluwihi / sasat dumuk irung //

ora ana suwara kumlisik / kajaba mung theyot / swara kodhok alihan ênggone / lan kumrusuk suwaraning angin / adhême nêrusi / têkan balung sungsum

yèn dudu wong kêpêtêngan ati / mêsthi êmoh ngono / wayah bêngi mung lumaku ijèn / ngambah dalan sing bangêt asêpi / nganti gawe prinding / lan sarwa pakewuh //

Ngali ora kêndhat mikir-mikir / ananing lêlakon / sanalika naratab atine / dene wêruh glibêd wong marani / karo nywara wani / êlungna bandhamu //

gone muni karo angagagi / lan nyêblakke obor / Ngali iya banjur ngrêti bae / yèn uwong sing duwe patrap kuwi / wong ala sing mêsthi / Ngali mung andhingkluk //

uwong mau têrus ngoyog wani / karo muni: ayo / Ngali sarèh alon wangsulane: / kula namung andhèrèk kiyai / badhe pun dhèdhèli / kula inggih purun //

nanging kyai mugi pun pirsani / kula mung awak thok / punapa kang dipun melikake / paribasan namung brumbung suling / malah yèn marêngi / kula badhe tumut //

awit kula tiyang sangêt miskin / lan tiyang ngrêkaos / uwong mau mangsuli mangkene / digo apa ngêpèk kowe kuwi / pakolèhe mêsthi / mung gawe pakewuh //

aku iya dudu uwong sugih / ananging ya ayo / wis milua urip saanane / Ngali nuli malaku tut buri / mlêbu desa cilik / anjog omah suwung //

barêng esuk lagi cêtha Ngali / yèn desa ing kono / ya ênggone wong padha têtanèn / dene wong sing diiloni Ngali / uwong bêcik apik / ya anggaru mluku //

dadi Ngali iya nuli ngrêti / yèn wataking uwong / ora kêna dibabi bêcike / nadyan tani ya sok ora apik / dhèk samana Ngali / mung kaya wong bingung //

nanging barêng wis ana sasasi / banjur dadi kawong / wong ing kono sing dadi sambène / yèn kalane sêla wayah bêngi / main tangan mêsthi / tuwa anom nglumpuk //

mula lumrah bawah Bogor kuwi / wonge pintêr sothon / Ngali iya manut ing byung bae / ora lawas selate andadi / wise ngono kuwi / pangrasane

--- 219 ---

thukul //

yèn wong bisa kawruh ngono kuwi / mênyang ati mongkog / kasamaran banjur ilang kabèh / pakolèhe dadi ora bêcik / bisa nênulari / dhêmên nêrak luput //

Ngali nadyan duwe dhasar bêcik / yèn tansah digosok / ing panggawe luput tanpa lèrèn / suwe-suwe ya thukul sathithik / dhasar Ngali kuwi / sênêng yèn dijunjung //

banjur umuk yèn anak wong sugih / yèn niyata ketok / mêsthi bisa mung sadhela bae / dhèk samana Ngali nuli mulih / budhale ing bêngi / mung kêtêmu biyung //

dhèk biyunge wêruh Ngali bali / atine bangêt plong / nuli kôndha biyunge mangkene: / sukur thole kowe nuli mulih / yèn kasuwèn mêsthi / aku mati kaku //

bapakanmu lungan ing saiki / iya mung ngaloyong / prêlune mung anggolèki kowe / bapakanmu atine saiki / uwis bêcik apik / ora arêp nêpsu //

Ngali ngrungu têmbung ngono kuwi / ngrasa kaya dikon / panêmbunge nuli mêtu bae / iya biyung têkaku saiki / uwèhana dhuwt / awit bangêt prêlu //

ing saiki aku dadi tani / ana bawah Bogor / sanalika atine biyunge / banjur gogrog kaya dirontogi / nuli diuwèhi / ya nganti mêthuthuk //

malah bungah lan sukur ing ati / dene gêlêm ngono / wise tômpa nuli bali bae / Ngali ora gêlêm digondhèli / cêkake saiki / Ngali ora ewuh //

sabên-sabên mung anjaluk dhuwit / ati saya bombong / nanging ora ana tumanjane / bêbasane tikus angrikiti / nadyan gunung mêsthi / suwe-suwe jugrug //

bapakane durung pisan ngrêti / yèn lakune ngono / nanging iya ngrêti suwe-suwe / bangêt susah bapakne saiki / tansah mikir-mikir / awak nganti kuru //

arêp tega jênêng ora bêcik / mênyang anak kolon / saupama mung diêtogake / ora wurung mung anyilakani / ing tembene buri / gawe susah muput //

karo manèh Ngabdulah ngèlingi / wong wis tuwa ngono / ing sabisa alus bêbudène / karo manèh ngèlingi wis kaji / kudu ngati-ati / aja slura-sluri //Guru lagu seharusnya: 6u, aja slura-sluru.

seje dina bojo dikandhani / bêcike samêngko / kandhanana anakmu yèn mrene / aja bangêt ambuwangi dhuwit / bêcik kon ngèlingi / aja mung kougung //

gone clathu sarwa sarèh lirih / ora pisan ketok / sajak nêpsu malah ing ulate / padhang bae mung ing sêmu sêdhah /sêdhih. sing wedok nêrusi / susah milu trênyuh //

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun palabuhan ing Bula (Seram).

--- 220 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Èwêd Pakèwêdipun Nindakakên Padamêlan Redhaktur

Petruk: Kang Garèng, salawase aku ditakdirake mêlèk mêrêm ana ing donya kiyi, aku durung tau ngrasa ribêd, judhêg, lan prihatin kaya barêng aku kêjibah mangku kalawarti Kajawèn iki. Hla kêpriye, ngêmong priyayi kok luwih saka patang ewonan. Têmtune krêsanane iya beda-beda. Ana sing sênêng maos: dongèng kuna-kuna, nanging kosokbaline, ana sing sênêng maos: dongèng-dongèng sing modhèrên, pangandikane, nèk dongèng sing kuna-kuna kuwi, cara bêstike jare wis bisa mlaku dhewe, jalaran wis kêbak rêngêt. Ana manèh sing sênêng bangêt maos: karangan-karangan sing gêgayutan karo ngèlmu têtanèn, nanging liyane malah jêlèh bosên, awit jarene sanadyan nganti ditêmoni kirun wanakirun pisan, ora bakal arêp buruh macul. Ana uga sing sênêng nyang: ngèlmu kasarasan, ning iya ana sing sênêng nyang: ngèlmu kasampurnan, utawa ngèlmu krawitan, bêksa, malah ana sing sênêng nyang: ngèlmu impling, ciyu ...

[Grafik]

Garèng: Sê ... top, ngomonge kok banjur sadhangane bae ngono, kenene le ngrungokake malongo nganti kalalèn, kencokan lalêr tak ulu tak arani godhogan kêdhêle, konone jêbul ngomong sakêpenakirèki bae.

Petruk: Lo, aku mung arêp nyaritakake susahe anggonku arêp gawe marême para maos kabèh, awit ya saka kaparêngane piyambak-piyambak mau. Apamanèh barêng aku krungu kabar, yèn sing maos Kajawèn iku, uga rada akèh para kaum putri, hla kuwi aku saya judhêg manèh. Awit agawe lêgane panggalihing para putri kuwi malah luwih angèl tinimbang para kakung. Mara ta, pikirên bae, upama Kajawèn macak karangan bab pangolahe sêpèkuk upamane, nèk digawe sathithik mêrtegane, jarene: O, iya cêmplang rasane, ana sêpèkuk kok mung saupit mêrtegane. Nèk digawe akèh mêrtegane, jarene: We, hla, ngajak ora omah têmênan, ana gawe sêpèkuk mêrtegane kathik sathekruk ngono. Apamanèh nèk banjur ngrêmbug ing bab kamajuane wanita, [wa...]

--- 221 ---

[...nita,] wah, kuwi saya kojur têmênan, jalaran, sing siji idham-idhamane, supaya para wanita kapintêrane aja nganti kalah karo para kakung, dadi uga kudu disêkolahake nganti dhuwur têkan jabalkap pisan, sijine manèh duwe panêmu, bocah wadon wis cukup anggêre bisa maca lan nulis, sokur bage bisa holan sêprikên. Ana manèh sing gagasane mêngkene: Wiyah, yèn panêmuku bocah wadon kuwi ora prêlu asêkolah-asêkolèh, mundhak muwuhi le trig-trigan bae, dene aku kiyi ora ngrêti a bengkong, kok iya dadi dèn ngantèn sêkatêr, lan pamêtune bojoku kaya-kaya iya wis cukup dipangan, mulane nèk kanggone aku, bocah wadon wis cukup anggêre bisa: nyambêl, nêrik tempe, utawa amblêkothok lombok, arêpa pintêre sundhul langit kae, pungkasane iya banjur ngèngèr, ora bakal bisa mandhirèng dhewe. Hara, apa ora ewuh bae rasane.

Garèng: Hla wong kowe, Truk, Truk, apa-apa dirasakake, iya mêsthi bae ora kêpenak nyang pikir, sanadyana dadi wadana pisan, yèn mêndhaki apa-apa tansah dirasakake, iya sida kalakon enggal putih jenggote têmênan, kaya ta upamane: olèh sêrêgan saka kabupatèn, sabab durung ngaturake lapuran pajêg, tanduran utawa prakara landrad, kuwi banjur dhêlêg-dhêlêg nganti sêpasar, ora kok banjur malah ditandangi kanthi cekat-cèkêt. Nèk karawuhan kangjêng tuwan astèn residhèn, dupèh dèn ayune le nêmoni ora nganggo: dhah, nir astèn, iya banjur dhêlêg-dhêlêg manèh, wusana gagasane banjur glayaran nyang prawan-prawan sing lagi padha sêkolah nyang Milo utawa dhepèntêr sêkul, iya mêsthine yèn atine ruwêd bae. Bok kaya aku sêthithik rikalane dadi wiyaga, sanadyana ing sakawit diêlah-êlih, ing sarèhning watakku kiyi pancèn nriman, wusanane iya dadi kêpenak. Pikirên bae ribêdku kang sakawit. Dhisike aku nabuh gambang, dikon ngalih sabab jarene panuthukku kêsêron, banjur nyandhak rêbab, dikon ngalih manèh, jarene panggosokku kurang laras, sauwise aku nyandhak kêndhang, iya dikon ngalih manèh, jarene swaraning kêndhang tungkul atos bae, banjur aku nabuh gong, nanging sarèhning unining gong tungkul kèri bae, banjur dikon nganggur karo nyambi medang lan mangan panganan. Mara, apa ora malah kapenak.

Petruk: Wiyah, kuwi rak kapenake wong saèn. Nèk wong liyane kowe mêsthi isin, dadi wiyaga kathik wiyaga pupuk bawang mêngkono.

Garèng: Sauwise pancèn wis salah, têgêse: wong ora bisa nabuh kok ngaku-aku dadi wiyaga, apa ya kudu bêgita-bêgitu, rak malah ora kêpenak. Aluwung mênêng-mênêng bae, nèk kabênêr mêksa olèh pituwas, tur bisa icap-icip suguhane. Mêngkono uga kowe mangku Kajawèn, bok aja dipikir bangêt-bangêt, kaya-kaya rak akèh para pêmbantu, sing sok padha ngirim karangan, bok kuwi padha: dhag, dhêg, dipacaki bae, kowe ora

--- 222 ---

kangelan, tur atimu ayêm.

Petruk: Aku pancèn iya bungah bangêt, sarta matur sèwu kêsuwun bangêt, dene akèh priyayi sing padha krêsa ambantu ngisèni Kajawèn, kang bisa agawe sêlang-sêlinging isine kalawarti mau. Nanging panuwunku yèn ana karangane ora dipacak, kuwi bok aja duka, awit anggone redhaksi ora ngêmot karangane mau, rak têmtu ana sabab-sababe, êmbuh jalaran biyèn wis tau macak karangan sing kaya mêngkono, êmbuh sabab kurang prayoga utawa sabab saka liya-liyane manèh. Malah ana sing banjur mutung, dupèh karangane ora dipacak, ora ngêmungake ora karsa ngirim karangan manèh, nanging malah banjur mêtu anggone dadi lêngganan.

Garèng: Wèyèh, kathik kaya bocah cilik sing anjaluk dolanan: plik, plok, barêng ora diwènèhi, banjur ora lèrèn-lèrèn anggone ... mêcucu. Ora, Truk, aku tak kôndha, bok ing Kajawèn kuwi disadhiyani papan kanggo pitakonaning para maos, iya sing diarani prahênbês (vragenbus) kae.

Petruk: Saikine iya dianani papan kaya kang kok karêpake mau, nanging sarèhning Kajawèn kurang papan, iya mung disadhiyani ênggon sathithik. Lan sabisa-bisa redhaksi uga bakal mangsuli pitakone para maos, sêmono kuwi iya pitakonan-pitakonan sing pantês diwangsuli. Nanging nèk pitakonan sing nylênèh, redhaksi iya kapêksa kudu: ngêpringake. Mêngko gèk ana sing pitakon: traos urang kangge nyambêl punapa eca, utawa: tiyang pados pasugihan, punapa sagêd sujarah dhatêng rêdi Crême. Mara, redhaksi rak iya klêngêr. Wis, wis, samene bae.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Wontên pawartos, Radèn Sudama, salah satunggiling putranipun patih ing Bangil, sampun lulus iksamênipun M.O. Staathuishoudkunde en Staatsinrichting wontên ing nagari Walandi. Sawêg nêmbe punika wontên bôngsa Jawi ingkang lulus iksamênipun ing bab kasêbut nginggil. Satamatipun saking Osvia ing Prabalingga, panjênênganipun lajêng dhatêng nagari Walandi, pados dhiplomah H.B.S. rumiyin, lajêng dhatêng academie. Botên dangu malih Radèn Sudama ugi nuntên badhe wangsul angajawi. Kajawèn ugi atur puja basuki.

Tuwan Dr. Sarjita, warga rad gêmintê ing Bêtawi sarta ugi jumênêng plv. Wethouder, kapindhah dhatêng Makasar (Sêlèbês), wontên pawartos ingkang dipun calonakên anggêntosi kalênggahanipun wontên ing radêmintê Tuwan Mr. Adi (B.O.).

Para têtiyang tani ing Ngayogya sisih kidul kathah ingkang sami ngêsah. Ngadat ing pungkasanipun wulan Dhesèmbêr sabin-sabin sampun katanêman sadaya, nanging ing wêkdal samangke, kabêkta wontênipun jawah pancèn botên nyêkapi, taksih sami kabêrakakên kemawon. Wontên pawartos, têtiyang dhusun ing bawah Kabupatèn Bantul sampun tampi dhawuh saking pamarentah supados sami nanêm palawija kemawon, kados ta jagung, katela pohung, canthèl sapanunggilanipun.

Kawartosakên, rêrêgènipun uwos tuwin pantun ing bawah Jampang, Sukabumi, ing wêkdal punika sampun wiwit mandhap. Sawatawis dintên kêpêngkêr rêgining pantun sapikul f 7.- f 8.-. Uwos sapikul f 17.- f 19.- sapunika pantun sapikul f 5.- uwos f 14.- awit sampun tumapak môngsa panèn.

--- 223 ---

[Grafik]

Awit saking panyuwunipun piyambak wiwit tanggal 12 Pèbruari punika paduka Tuwan Mr. H.G.P. Duyfjes sampun kaparêngakên lèrèh saking anggènipun jumênêng warga rad Indhia saha pangarsaning raad van curatoren pamulangan-pamulangan luhur ing Bêtawi, kanthi kapatêdhan tarima kasih saking pamarentah.

Gêgayutan kalihan lèrèhipun Tuwan P.F. Dahler saking rad kawula, ingkang badhe anggêntosi kalênggahanipun minôngka wêwakiling I.S.D.P. Tuwan de Dreu.

Sampun katêtêpakên bilih lotre agêng De Eykenstichting benjing tanggal 12 Marêt ngajêng punika badhe wiwit kasade dening N.I. Escompto Mij.

Sampun sawatawis wulan kitha Sêmarang kaambah sêsakit inpluensah, dumugi samangke mêksa dèrèng sirêp. Langkung-langkung ing kitha sisih kilèn cacahipun tiyang ingkang ngajal langkung kathah tinimbang ngadat. Ing salêbêtipun minggu ingkang wêkasan punika ingkang tilar donya ngantos wontên 60 ing dalêm sèwunipun.

Dèrèng dangu ing Cirêbon mêntas kawontênakên pilihan wet houder bôngsa pribumi, kalampahan ingkang kapilih Tuwan Ênuh.

Pakaryan kasarasan ing Surabaya suka sumêrêp bilih wontênipun pagêblug malariah ing Madura, samangke sampun kathah mêndhanipun. Para têtiyang sami kaparingan kininê kalayan lêlahanan.

Tuwan Wôndasudirja ingkang kala tanggal 7 Sèptèmbêr 1929 dening landgerecht ing Surabaya sampun kagantungan paukuman dhêndha f 25.- jalaran kadakwa nikahakên tiyang botên sarana pangulu, nanging lajêng nyuwun pangapuntên dhatêng Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral, panyuwunanipun wau kaparêngakên.

Saking Medhan kawartosakên bilih dèrèng dangu ing N.I. Gasmaatschappij wontên tukang 70 sami mogok, jalaran botên narimah kalihan dhirèksinipun prakawis arta ganjaran.

Nalika tanggal 30 Nopèmbêr taun ingkang kapêngkêr awit saking ada-adanipun toko Tropical ing Sêmarang, wontên tiyang sêkawan sampun bidhal numpak pit (sampun têmtu pit mèrêk Tropical). Lêlana anjajah Jawi Têngah saha Jawi Wetan, nglangkungi Salatiga, Magêlang, Munthilan, Purwarêja, Rêmbun, Gombong, Watês, Ngayogya, têrus mangetan nglangkungi Surakarta, Sragèn, Madiun, Panaraga, Nganjuk, Trênggalèk, Blitar, Wlingi, Malang, Pasuruan, Prabalingga, Jêmbêr, Bôndawasa, Situbônda, lajêng wangsul mangilèn, nglangkungi Bêsuki dhatêng Surabaya. Kadugi wangsulipun wontên ing Sêmarang benjing tanggal 28 wulan punika. Makatên caranipun tiyang damêl reklamê.

Miturut kêkancinganipun Paduka Tuwan Gupêrnur Jawi Kilèn, tuwan-tuwan Gathot Mangkupraja (panitra II upbêstir P.N.I. ing Bandhung), Manadi (panitra ngiras artaka P.N.I. debatingclub) saha Sukèmi ingkang ugi dados panuntuning pamulangan Taman Siswa ing Bandhung, kaawisan suka piwulang ing pamulangan kasêbut nginggil, jalaran tujuaning piwulangipun kagalih mutawatosi tumrap katêntrêmaning umum. Jalaran punika ugi para guruning Volksuniversiteit Tjahja ing Bandhung tuwan-tuwan Murwata (warga propagandhis P.N.I.), Saaman (warga P.N.I.), Sumarjana (warga P.N.I.) saha Sutarja (warga P.N.I.) kaawisan botên kaparêngakên suka piwulang malih.

Wontên pawartos Dr. Radèn Tumênggung Wedyadiningrat, badhe tindak pêrlop sajawining nagari, dangunipun 1½ taun. Pangkatipun badhe anglangkungi Jedah, Mêkah saha Mêdinah, konduripun nglangkungi Amerikah, Jêpan, saha sabageaning nagari Tiongkok. Ingkang kapiji anggêntosi kalênggahanipun sadangunipun tindak pêrlop Dr. Radèn Tumênggung Nitipura.

Ingkang bupati ing Pandhegêlang, R.T. Wiraatmaja, wiwit tanggal 9 wulan punika kapatêdhan pêrlop sawulan gayutan kalihan kasarasanipun, saha lajêng tindak dhatêng Priyangan pados hawa ingkang sae.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 1131 ing Gêmpal. Kajawèn nomêr 1 dumugi 6 sampun sami têlas. Botên sagêd ngaturi.

Lêngganan nomêr 4958 ing Bantêr (Jatirata), kajêngipun gratis ing ukara ngriku makatên: sintên ingkang sagêd nglêbêtakên lêngganan enggal 4 iji sarta bayaranipun pisan f 6.- badhe tampi kajawèn gratis 1.

Lêngganan nomêr 4576 ing Cigugur. Inggih lêrês.

--- 224 ---

Wêwaosan

Rara Rêjêki

Karanganipun Radèn Lurah Sastrayagnya ing Surakarta.

12

[Mijil]

dening warna ora ingsun pikir / rèh wus sanggêm ingong / sêdya ngabdi marang ing dhèwèke / ala-ala putraning narpati / mung apa kadugi / amungsuh lêlêmbut //

jalak seta guguk matur aris / dhuh gusti sang sinom / nadyan ragi kuciwa warnane / nging ywanjana ciptanira sukci / sugih guna sêkti / lêgawa ing kalbu //

dèrèng dangu Dyan Sujana prapti / jalak matur groyok / niki gusti kangge nêsogane / kala wau blocok soga Jawi / sang dyah maleroki / dhêmênmu gadêbus //

Dyan Sujana angandika manis / dhuh woding tyas ingong / musthikèng rat dasihe ing mangke / sêdya tulung yèn kapadhan kapti / nadyan tanpa sêkti / mung paitan purun //

sang dyah ayu alon anauri / kula amung borong / sukur radèn bokmanawi mangke / ingkang badhe sagêd mitulungi / kang prêlu rumiyin / paduka sang bagus //

kêdah uning prajaning dhêdhêmit / mrih tan kadho-kadho / anyirnakkên kang môngka ratune / kang gumunggung kumlungkung nèng bumi / ature sang dèwi / sarwi nutup cupu //

jlêg kadhaton kancana kaèksi / rêrênggan ting prêlok / ting palancur sorote mas ore / rinonyok ingkang nila widuri / miwah intên bumi / barlian jumêrut //

radyan kagyat de nèng kênyapuri / wus lênggah karongron / lan marwati anèng jro tilame / Jola Jali lan jalak nèng jawi / sang dyah pasrah nuli / sambadaning laku //

mangkya ulun matur tuwan yêkti / dèn prayitnèng kewoh / mangkya dungkap pun kandha marene / ubayèng sun kalih côndra nguni / mangkya wus nêtêpi / sumôngga wong bagus //

yèn kasora sayêkti pun dasih / labuh ngatut layon / lumuh lamun ginêpok dasihe / mring pun Kandha rajaning dhêdhêmit / rahadyan nabda ris / kang pasrah Hyang Agung //

asor unggul pan ana kang kardi / mung nglindhung Hyang Manon / bêbasane sapa salah sèlèh / mung wajibe nênuwun ing Gusti / unggula ing jurit / aywa was pikirmu //

dèrèng dangu Raja Kandha prapti / ngidung bêngak-bêngok / wêwangsalan mangkana rêpène: / bale atma klasa jênar gusti / kangên wus alami / tan nyandhing pujanku //

wadung pari ingsun èni-èni / tan sun anggêp bojo / taksaka gung kang krêsna ulêse / mung krasana anèng praja mami / sun anggêp sirèki / jimating kadhatun //

kawi bapa mung sadarma mami / ajumênêng katong / praja Pandhan Kancana yêktine / kasrah sira kang supadi dadi / panandhonmu yayi / praptèng ngakir besuk //

kêmangi rêng pangukuping mayit / lulusa sih mring ngong / kang lêmbing bang môngsa patra anggèr / yèn nampika wong ayu mring mami / dheyos wrêksa langking / golèka sirèku: //

saindênging jagad tanna sami / ratu kaya ingong / bôndha bandhu binathara dhewe / dhuh dhuh adhuh pujanku Marwati / wus têtela yayi / karsane Hyang Agung //

kukila gung jamus ulêsnèki / sira wus jinodho / lawan ingsun sêkar pisang rane / patut dadi têtungguling puri / ran gandarwo putri / wit wus suwe ingsun //

têmbung putra kramanirèng dèsi / pangupayaningngong / kang prayoga dadi têtunggule / puraningsun ran bêbadhèr cilik / midêr tan tuk titik / kanyatan mangkyantuk //

putri adi ya sira Marwati / kang dadya tyas ingong / dhuh Marwati papagên dasihe / korinira wêngakna tumuli / wus nêtêpi janji / rong sasi tan punjul //

sang kusuma angandika aris / wruha Kandha ingong / sayêktine wus ana kang darbe / Dyan Sujana ing Banjaransari / mangkya nusul mami / nunggal nèng kadhatun //

Raja Kandha mirêng turirèki / Marwati sang sinom / lir sinêbit karo talingane / gya anjangkah tinêbak kang kori / kurdhane sang aji / ing aprang tan mundur //

[Durma]

têbah jaja sarwi sora sabdanira / bojlèng-bojlèng Marwati / jare tarakbrata / ubayane rong côndra / wasana angundang gênjik / Banjaransêkar / têtela tan wruh bêcik //

nyônggakrama Si Marwati kandhanira / sêngadi nganggo wêdi / alating pusaka / cêcêgah tarakbrata / rong côndra wêwangênnèki / wose lamisan / sêdyane Si Marwati //

mung ngupaya minta sraya sinatriya / tinandhingkên lan mami / olèh gênjik alas / tan wruh ing tatakrama / wêtokna jagomu nuli / yèn nyata dibya / wani nandhingi mami //

Dyan Sujana manabda: Kandha dèn sabar / tak mijil ywa ngoncati / gya kori binuka / radyan mijil prayitna / Si Kandha yayah sinipi / radyan jinangkah / Dyan Sujana ngoncati //

sarwi napuk mukane Sang Raja Kandha / sumrêpêt tibèng siti / dangu gulangsaran / tangi arsa angrangsang / binarêngan tinampiling / tiba kalênggak / Kandha gumiling siti //

Jola Jali jalak wruh gustine aprang / tangginas Jola Jali / asikêp gêgaman / arsa biyantu aprang / jalak mamprung ing wiyati / muluk nèng tawang / nênuwun mring Hyang Widhi //

mrih unggula gustine kang mangun yuda / kocapa Sri Kandhaji / kasilir maruta / nulya wungu sakala / jinangkah radyan kajodhi / arsa tinêkak / trêngginas Jola Jali //

ngikal pêdhang sinabêt Kandha aniba / radyan uwal ngoncati / alon sabdanira / Jola jêmparing ingwang / Si Cundhamani dèn aglis / aturna ingwang / tak panahe mrih mati // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 15, 20 Pasa Taun Ehe 1860, 19 Pèbruari 1930, Taun V

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [225] ---

Ôngka 15, 20 Pasa Taun Ehe 1860, 19 Pèbruari 1930, Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Sawangan ing Gêgana

[Grafik]

Kitha Bandhung dipun tingali saking gêgana.

--- 226 ---

Jagading Wanita

Olah-olahan ing Wulan Siyam

Sambêtipun Kajawèn nomêr 14.

Kajawèn ingkang kapêngkêr sampun nyariyosakên olah-olahan kangge saur, nanging namung saêbab, tuwin kêgolong dhagêlan, têgêsipun dipun êngêt kenging, botên dipun êngêt inggih botên dados punapa, gampilanipun kenging kaanggêp dhaharan sadhiyan, dados kapêndhêt samôngsa-môngsa sampun sumadhiya. Kajawi punika prayogi dipun kanthèni malih:

Sambêl gorèng kêring.

Sambêl gorèng kêring punika limrahipun tempe kêdhêle, lajêng dipun namakakên tempe kêring. Nanging ngriki botên badhe mratelakakên bab tempe, awit nuju môngsa olah-olahan adèn, dene ingkang badhe kacariyosakên makatên:

Mundhuta ulam daging maesa utawi lêmbu punapa dene ati, ingkang sae, kagodhoga ingkang ngantos êmpuk. Tumrap dagingipun manawi sampun êmpuk lajêng dipun gêpuk, kaangkaha sampun ngantos ajur, prêlunipun namung murih mêkaripun kemawon, inggih punika ingkang ngantos gèpèng, lajêng dipun puwêri ingkang agal-agal, saha lajêng dipun pêcaki sarêm namung kangge isarat kemawon, botênipun inggih kenging, wusana lajêng kagorèng ing lisah klêntik ngantos garing, dadosipun kumrêmês. Lajêng dipun wadhahi rumiyin.

Ati ingkang sampun kagodhog wau lajêng dipun iris-irisi alit-alit ingkang wangun panjang, dipun pêcaki mônda-mônda lajêng dipun gorèng ngantos garing, ugi lajêng dipun wadhahi rumiyin.

Miliha èbi ingkang agêng-agêng, lajêng dipun gorèng ingkang ngantos kêmripik.

Ngrajanga bawang ingkang kathah, lajêng dipun gorèng. Anggorèng bawang punika angèl, kêdah ngatos-atos, awit manawi kasèp sakêdhik kemawon dados pait.

Ngrajanga lombok agêng ingkang abrit-abrit, dipun bucali isinipun, ugi lajêng kagorènnga ngantos garing.

Sadaya wau dipun wadhahi piyambak-piyambak lajêng ngracika bumbu: sarêm, traos, brambang bawang, laos, godhong jêruk purut, asêm, gêndhis jawi ingkang kathah, awit gêndhisipun punika mèh dados baku. Sarêm, taros, brambang bawang tuwin asêm, sami dipun ulêg dados satunggal ingkang lêmbat, lajêng dipun cêmplungakên ing wajan, dipun dèkèki toya sawatawis, lajêng dipun latoni ingkang cêkapan agêng alit-alitipun, ingkang ajêg urubipun, prayogi mawi arêng kemawon. Gêndhis, laos tuwin godhong jêram purut inggih lajêng dipun cêmplungakên.

Bumbu wau têrus kaudhêg kemawon ngantos angglali. Laos tuwin godhongipun jêram purut lajêng dipun pêndhêti, tumuntên dipun cêmplungi gorengan-gorengan [gorenga...]

--- 227 ---

[...n-gorengan] ingkang kasêbut ing nginggil têrus dipun ulêt ingkang waradin, ngantos kêmpêl, lajêng dipun êntas, dipun lèr rumiyin. Manawi sampun asrêp dipun wadhahi ing lodhong, dipun tutupi rapêt, murih awèt kumrêmês.

Pèngêt, bab bumbu olah-olahan punika, kêdah tandhing lêgi asinipun, awit manawi botên tandhing, salah satunggiling raosipun lajêng katingal, kêlêgèn ugi kasinên.

Tiyang nêdha mawi lawuh kados makatêng punika sok anggrêgêtakên, adhakan tansah nglantur, amargi sanadyan namung lawuh warni satunggal, sajatosipun ugi môncawarni, pating kalêthis sontan-santun raos. Malah trêkadhang sampun tuwuk sêkulipun, taksih galiyak-galiyak dipun gadho. Mila manawi ingkang nêdha lare, prayogi dipun abani: sêtop.

Dhèndhèng gêpukan.

Dhèndhèng gêpukan punika satunggiling lêlawuhan prasaja, nanging pandamêlipun kikrik. Mundhuta daging pênthul, lajêng dipun dhendhenga ingkang wiyaripun satêbah, panjangipun sakilan, kandêl tipisipun ingkang cêkapan. Dhèndhèng kados makatên punika botên kenging kasêlapan gajih. Lajêng ngracika bumbu namung warni tiga, sarêm, asêm tuwin gêndhis jawi. Sasampunipun dipun ulêg lêmbat, lajêng kangge mêcaki ulam wau, anggenipun mêcaki sarana dipun uleni. Salêbêtipun ngulèni dipun dilata, punapa bumbunipun ingkang kirang: dipun wêwahi. Pêcakan punika ugi ngudi cocoging têtandhinganipun raos, asin lêgi kêcutipun. Para ingkang ahli dhahar eca tamtu sagêd mangrêtos dhatêng cêkapaning bumbu, awit mênggahing bumbu, ingkang nama cêkapan punika asin lêginipun sampun anggêlêng dados raos satunggal.

Patraping ngulèni ulam punika ugi mawi kawruh, kêdah rosa, kêdah mêmêt, manawi sampun tanak anggènipun ngulèni, ulamipun dados kêsêt. Beda kalihan ulam ingkang kirang ulenan, lajêng anggêgêbêr.

Manawi sampun rampung anggènipun ngulèni, lajêng dipun pe wontên ing tampah, dipun lèmèki mêrang. Kêdah kêrêp dipun wolak-walik. Damêl dhèndhèng punika kêdah nangguh manawi nuju bêntèr, awit kêdah garing sadintên, amargi manawi ngantos wayu dèrèng garing, ngawontênakên raos botên eca.

Manawi sampun garing, lajêng dipun bakar saha dipun gêpuki, panggêpukipun manawi taksih malêm wontên ing bakaran. Manawi anggenipun anggêpuki sampun waradin, dipun panggang malih sakêdhap, lajêng dipun pe ngantos garing. Ing ngriku sawêg kenging dipun gorèng ing lisah klêntik, sukur angsal lisah klêntik tulèn. Panggorèngipun namung cêlap-cêlup kemawon, amargi ulam ingkang dipun gorèng samun garing, manawi kasep dados gosong. Wusana lajêng dipun wadhahi ing lodhong.

Ulam kados makatên punika kumrêmês, ecaning raosipun angalela wijang. Prayogi nyobi damêl kemawon. [kemawon...]

--- 228 ---

[....]

Wulang Sae

Kayu Growong Isi Têkèk, Manungsa Isi Pikiran

Tiyang ingkang kadunungan watak kèndêl, botên sagêd micara, wah malih solah tingkahipun anglêlêr botên cukat, sok kêrêp dipun ina ing liyan, ingkang pangraosipun piyambak pintêr. ananging tiyang ingkang kadunungan watak kèndêl kados kasêbut ngajêng botên mêsthi bodho, kathah kemawon ingkang pintêr, namung limrahipun sok botên purun amamèrakên kapintêranipun, bilih botên pinuju kaprêgok ing pakèwêd, liripun: bilih wontên prêlunipun.

[Grafik]

Sawênèhing tiyang ingkang kadunungan watak kèndêl kados kasêbut ing nginggil punika, môngka sajatosipun tiyang pintêr, manawi pinuju dipun ina ing tiyang sanès, ingkang kapintêranipun wontên ing sangandhapipun, trêkadhang sok kawêdal bramantyaning manahipun, kanthi wicantên makatên: hèh, kayu growong bisa uga isine têkèk, nanging manungsa rak isine pikiran. Wêkasan tiyang ingkang ngina wau dipun mêngsah kawon, kadadosanipun kadospundi, tamtunipun lajêng kawirangan.

Ngèngêti dongenganipun tiyang sêpuh bab Kancil pêthak nantang dhatêng Keyong ngajak rikat-rikatan lampah (balapan). Mèh sadaya tiyang tamtu sampun nate sumêrêp wujudipun Kancil lan Keyong. Kancil punika mripatipun agêng (mêndêlo), mênggah tiyanga pêthakipun tiyang pintêr, punapa malih Kancil punika plajêngipun rikat sangêt. Dene keyong punika lampahipun anglêlêr tur sarana anggendhong griyanipun tanpa pisah, mila inggih dipun ina kemawon dening Kancil, bilih plajêngipun mêsthi botên badhe sagêd nututi, mila dipun tantang balapan. Keyong ingkang dipun tantang balapan, anyanggêmi, nanging nêdha inah sanès dintên, Kancil pêthak anglêgani. Keyong lajêng nglêmpakakên kancanipun kathah, rêmbagan, supados ing dintên ingkang sampun katêtêpakên, sami sadhiya abaris ing pinggir banawi ingkang badhe kangge balapan, [balapa...]

--- 229 ---

[...n,] nanging sampun sami ngatingal, sarta ing têmbe mangsanipun balapan, bilih Kancil sawêg lumajêng ing pinggir banawi, sami nyuwaraa gêntos-gêntos: aku keyong, aku keyong. Yêktos, sarêng mangsanipun Kancil lumajêng balapan, keyong gêntos-gêntos sami nyuwara: aku keyong, aku keyong, makatên salajêngipun ngantos sakêmputing pinggir banawi. Wasana Kancil lajêng narimah kawon anggènipun rikat-rikatan lampah (balapan).

Mênggah dongènging Kancil pêthak lan Keyong kasêbut nginggil, mêsthi botên wontên nyatanipun, namung anggitan kemawon, nanging anggitaning tiyang ingkang sampun linangkung, ambokmanawi anggadhahi pikajêngan sêsorah sawatawis, makatên: aja sok ngina ing liyan, mundhak dadi kawirangan, sabab sanadyan sing diina mau katone kaya wong bodho, durung mêsthi bodho têmênan, kêrêp bae ana wong katone bodho, nanging sanyatane pintêr.

SPD. Ing PKT.

Margi sêpur ingkang risak

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar karisakan margi sêpur ing Linggapura, antawisipun Prupuk kalihan Purwakêrta. Ngantos saantawis dintên lampahing sêpur kilat kalangan mêdal Bandhung.

--- 230 ---

Jagading Sato Kewan

Bulus, Pênyu tuwin Kura

Ingkang nama bulus punika golonganipun warni-warni, kados ta bulus limrah, pênyu, kura tuwin sanès-sanèsipun. Manawi mirid buku sato kewan, bangsaning bulus punika wontên pintên-pintên dasa warni, nanging kalimrahanipun ingkang kasumêrêpan ing bôngsa Jawi inggih namung tigang warni wau.

Bulus ingkang limrah kasumêrêpan ing akathah, punika gêsangipun sami manggèn ing sêndhang-sêndhang ingkang kawak, utawi lèpèn ingkang ngêsong lêbêt. Ing pundi panggenan ingkang wontên bulusipun tamtu panggenan ingkang sampun kina, mila asring pinanggih wontên bulusipun ingkang kawak, dipun kintên sampun umur atusan taun, wujuding bulus ngantos bêlang. Kala rumiyin bulus ingkang sampun misuwur kawak punika bulus ing Jimbung, Klathèn, bulusipun bêlang. Malah lajêng wontên cêcariyosan, bilih bulus ing ngriku punika kenging dipun têdhani pasugihan, sintên ingkang tinarimah sugih lajêng manggih têtêngêr nandhang cacad bêlang. Mila loking tiyang kathah ingkang sumêrêp dhatêng kawontênanipun ing Jimbung, manawi sumêrêp wontên tiyang bêlang, lajêng dipun wastani pados pasugihan bulus Jimbung. Kajawi punika botên kêkirangan panggenan sanès-sanèsipun ingkang wontên bulusipun, tuwin adhakan lajêng dados pasujarahan.

Bulus punika mênggahing pigunanipun tumraping tiyang namung kapêndhêt dagingipun, punika taksih pilih-pilih ingkang doyan. Nanging wontên sawênèhing kaol, lisah bulus punika agêng sangêt dayanipun, kenging kangge anjampèni tiyang kenging latu, kêsokan wedang sapanunggilanipun sarana dipun balonyohakên. Malah saking kêladuking ginêm tuwin ngantêpakên piandêl, lisah bulus punika manawi kawadhahan ing bumbung kagantung wontên tritisaning griya, tinêbihan ing bêbaya latu. Ujar makatên punika bokmanawi mêndhêt dupèh lisah bulus punika kenging kangge anjampèni tiyang kenging latu.

Pênyu, bab pênyu punika sampun kacariyos ing Kajawèn nomêr 6, ewadene ing ngriki dipun sambêti ing bab pigunaning sisikipun, ingkang limrahipun dipun wastani pênyunipun. Kala rumiyin pênyu punika tumrapipun wontên ing Surakarta dados padagangan agêng sangêt, awit mênggahing Surakarta sabên tiyang jalêr sami migunakakên kangge sêrat cundhuk, dipun wastani sêrat pênyu plêngkung. Wontênipun makatên dening wujuding sêrat panjang malêngkung, manawi dipun angge (dipun cundhukakên) watoning sêrat wau dhawah wontên sanginggiling pilingan kiwa têngên, pênyu ingkang kangge sêrat wau warni-warni, 1. pênyu brambang, warninipun abrit, 2. pênyu gagak, warninipun cêmêng, 3. pênyu kêmbang, punika ingkang sae piyambak, warninipun pating balêntong cêmêng kalihan pêthak sulak jêne. Ingkang nama sae, punika ingkang cêmêng pêthakipun wijang, balêntongipun têrus jawi lêbêt tuwin kandêl. Sêra-

--- 231 ---

[Grafik]

--- 232 ---

t pênyu plêngkung punika ingkang mirah namung f 1.50, dene ingkang awis wontên ingkang ngantos rêgi f 150. Wujuding pênyu ingkang taksih gêsang wontên ing toya, mriksanana gambar sisih punika.

Nalika ing Surakarta taksih kaprah tiyang jalêr ngingah rambut, tataning panganggenipun sêrat punika ugi mawi tatakrama. Ingkang panganggenipun sumungkêm kalêrês sanginggiling bathuk, nama ingkang sae piyambak manawi ragi anjêplak, nama diksura, dene manawi miring, dipun anggêp kurang ajar. Nalika jamanipun têtiyang ing Surakarta taksih rêmên saron-sikon, tiyang ngangge sêrat miring punika dipun anggêp tiyang nantang tiyang, miringing sêrat adhakan dipun bênakakên ing tiyang sarana tabok. Kajawi ingkang pancèn purun dhodhoganipun miringing sêrat punika malah anjalari dipun eringi ing tiyang sanès. Mila limrahipun ingkang cundhuk sêrat miring punika namung para bandara.

Kajawi kangge sêrat pênyu plêngkung, ugi dipun damêl sêrat cundhuk èstri, wujudipun namung balebekan, wiyaripun tigang nyari, panjangipun satêbah kirang, wontên warni kalih, satunggal dhapur gunungan, wujudipun pating palêngkung, ing perangan têngah mandhukul inggil, satunggalipun dhapur jêruk saajar, punika lugasan kemawon. Panganggenipun sêrat warni kalih punika inggih mawi tata, tumrap ingkang gunungan, anggèn-anggèning lare dumugi prawan, jêruk saajar anggèn-anggènipun tiyang sêpuh, limrahing panganggenipun wontên sanginggiling bathuk. Sanadyan bab panganggening sêrat èstri wau tanpa awisan, ugi tumindak kanthi tatacara, têgêsipun tiyang sêpuh cundhuk sêrat gunung inggih botên pantês, makatên ugi lare ngangge cundhuk sêrat jêruk saajar. Lan malih limrahipun dados panganggenipun tiyang kêpama, inggih punika bandara mandhapipun dumugi priyantun, sanèsipun kalih golongan punika sami botên purun ngangge, kajawi tumrap para wanita ingkang sampun nilar kasusilaning èstri.

Kajawi punika mênggahing pênyu, ugi dipun damêl bangsaning susuk panyanggi gêlung tumrap bôngsa Eropah. Wusana sarêng wiwit jaman para kakung paras rikma, makatên ugi para wanita Eropah papalan, punika ing pangintên adamêl sudaning panggaotan barang pênyu. Ewadene pinanggihipun malèsèd saking pêthèk, dagangan barang pênyu wau taksih majêng kemawon, amargi saking kathah sangêt barang-barang ingkang badhenipun pênyu.

Kura. Kura punika satunggiling kewan ingkang apês piyambak, awit samôngsa kêcêpêng ing tiyang namung kangge ganjêl ambèn. Dene mênggah paedahipun, ambèn ingkang dipun sanggi ing kura punika tinêbihan ing gêgrêmêtan, awit pun kura tansah pasang ilat, sabên wontên gêgrêmêtan langkung ing ngriku lajêng katut kadilat.

Kapitadosaning tiyang, kura punika umuripun panjang sangêt.

--- 233 ---

Tanah dalah Têtiyangipun

Gununggiri

Gununggiri punika têmbung kêrangkêb (gunung = gunung, giri = gunung) nanging lajêng katêlah dados nama, inggih punika namanipun satunggiling rêdi alit dumunung ing kikising kitha Wanagiri sisih lèr, (kalêbêt wêwêngkon wana Kêthu sisih kidul). Inggilipun antawis salawe mètêr, ing nginggil punthuk wontên cungkupipun tembok payon gêndhèng, salêbêting cungkup punika wontên sela pindha kursi malês (panjang) warninipun cêmêng gêsêng, dening kêkukusan ing kukusing dupa sabên malêm Jumuwah utawi Anggara Kasih. Manawi dintên makatên wau tiyang ingkang dhatêng ing ngriku atusan, saking sajawining kitha Wanagiri, saha saking sanès paresidhenan, ingkang kathah saking Surakarta lan Ngayogya. Dene sêdyanipun para ingkang sujarah mriku punika, prêlu nyuwun brêkah pangkat utawi sagêda gampil anggènipun ngupados panggêsangan. Saking gênging kapitadosanipun wontên ingkang dhatêng ngriku dintên Rêbo, Slasa, Sênèn, wangsulipun Jumuwah enjing, wontên ugi ingkang ngêblêng wontên ngriku pitung dintên sawêg mantuk. Sintên ingkang sawêg ngambah ngriku masthi lajêng tuwuh ciptanipun badhe têrus manggèn ing ngriku sawatawis dintên, amargi wontên ing ngriku punika dhatêng manah karaos makcêlês tumalawung anglamlami. Dene mênggah sanyatanipun ing ngriku punika punthuk ingkang katuwuhan jawi lan wit sanès-sanèsipun. Satêngêning cungkup kangge pasarean (kuburan)nipun para priyantun ing Wanagiri, mila ugi kawastanan pasarean Giri.

[Grafik]

Sêtatsiyun saha masjid ing Wanagiri, dipun gambar nalika wontên pahargyan pambikaking masjid.

Mênggah dongèngipun makatên:

Kala jaman kuwalèn (jaman Dêmak) wali ingkang linangkung sinêbut Sunan Kali lêlana anjajah wana ngupados kajêng [ka...]

--- 234 ---

[...jêng] jati ingkang badhe kangge saka masjid ing Dêmak, punika lampahipun ngantos kaplantrang dumugi wana: Danalaya bawah Wanagiri sisih wetan. Sasampunipun angsal ingkang prayogi nuntên kausung para sahabat dumugi Wanagiri lajêng kacêmplungakên ing banawi, kalêrês sapinggiring wana Kêthu. Sunan Kali pariksa punthuk ingkang dados tanggulanging toya banawi ingkang badhe nrajang wana (lampahing banawi nêkuk mangetan têrus ngalèr bablas), kala samantên wanci asar, lajêng dipun inggahi ngiras ngasar kalihan ngaso. Kalêrêsan sangêt dene wontên sela ingkang rêsik sarta munggul, papanipun ayom andadosakên parênging galih nêdya lêrêm sawatawis dintên, sasampunipun mêndhêt toya wulu nuntên salat dhatêng sela ingkang munggul wau, inggih punika ingkang sapriki dados pasujarahan agêng nama Gununggiri. Dene tilas panyawuking toya wulu, dados piandêlipun tiyang ing ngriku kenging kangge jampi, têrangipun makatên: patilasan wau wontên ing sela nyaluwêk sacêlaking banawi, ing caluwêkan wau asring wontên urang utawi cebongipun, trêkadhang kothong tanpa isi, trêkadhang asat tanpa toya, punika manawi dhatêng ngriku asat piandêlipun tiyang ngriku tôndha manawi taksih dangu sakitipun, dene manawi pinuju isi urang, urang kapêndhêt kangge jampi sagêd nyarasakên, makatên ugi manawi isi cebong. Isi wau masthi namung satunggal. Wasana kula namung sadrêmi nyêrati, kula sumôngga para maos.§ Gambar 4 iji botên kenging kadamêl kêlise, kajawi kalitên, burêng sangêt. Red.

Guru: ya

--- 235 ---

Waosan Lare

Sapu Ilang Suhe

XI. Abdulah wangsul dhatêng Palembang.

[Asmaradana]

anggêgês rasaning ati / Abdulah digodha anak / kang mung arêp ngrusak bae / tumuli tansah kèlingan / ing nagarane Plembang / lan manèh eling sadulur / kang wis lawas pêpisahan //

ing saiki barêng eling / kèlingan sadulur tuwa / awit bisa nêpakake / rasane dadi wong tuwa / yèn ora digugua / anggone duwe pitutur / abangêt kalara-lara //

mêngko nêdya arêp mulih / tilik nyang sadulur tuwa / dene uwis bangêt suwe / ora tau krungu warta / mungguh ing bab kaslamêtan /Lebih satu suku kata: mungguh bab kaslamêtan. wise ngênthêlke panêmu / nuli nyang sing wedok kôndha //

bokne aku ing saiki / mênyang kowe arêp kôndha / yèn Pangeran marêngake / aku arêp nyang Palembang / tilik sadulur tuwa / wis lawas ora kêtêmu / sarta ora krungu kabar //

kowe mêmthimêsthi. durung ngrêti / sababe gonku pisahan / saprana nganti saprene / mung sabab saka sulaya / barêng tak pikir dawa / aku jênêng bangêt luput / wani mutungi wong tuwa //

tak etung têkan saiki / uwis sangalas taunan / mirid saka Ngali kuwe / saiki uwis pitulas / môngka anggonku lunga / lêt rong taun ing kiraku / nuli rabi dhèk samana //

ya samono kurang luwih / ing saiki sumurupa / dina Kêmis ngarêp kiye / aku sida arêp budhal / kowe kudu sing bisa / ngrêksa nyang anak-anakmu / aja padha pasulayan //

yèn têka kene Si Ngali / iya bêcik kandhanana / sing alus sakapenake / baresa yèn aku lunga / dhèwèke anak tuwa / wajib sumurunsumurup. ing prêlu / rumêksa mênyang wong tuwa //

lan manèh nyang adhi-adhi / sukur yèn atine lêga / tumuli bali marene / sing wedok mung kaca-kaca / ing ati bangêt krasa / awit salawase kumpul / saiki arêp ditinggal //

wise mangkono tumuli / banjur anata gêgawan / anake ngrewangi kabèh / Si Kasan tandange cikat / kabèh bisa kêsrambah / yèn Rahman mung ala nganggur / nanging rampung tanpa swara //

yèn Siti êmung ngrusuhi / nanging rèhning anak nyawa / mung diêlêm ing bapakne / nganti bêngi lagi ludhang / anggone tata-tata / gawane nganti mêthuthuk / kirane ana sagrobag //

sorene akèh wong tilik / mitra utawa têtôngga / sajak padha kagèt kabèh / dene tanpa rêrasanan / wêruh wis arêp budhal / kabèh padha kaya gêtun / upyêk padha rame kandhan //

wênèh ana sing nyangoni / iwak utawa panganan / iya mung sakuwasane / Dulah ketok bangêt bungah / mênyang mitra lan tôngga / sing padha mrêlokke mau /

--- 236 ---

dadi pratandhaning trêsna //

ana manèh sing nyaguhi / arêp anggawakke barang / wis dicoba ing bobote / wise kuwat nuli kôndha / sesuk aku sing nggawa / liya-liyane ya saguh / padha arêp arêrewang //

nganti têkan lingsir bêngi / dhayohe lagi bubaran / swarane gumrênggêng rame / Dulah nuli mlêbu ngomah / niliki anak-anak / uwis padha turu nglepus / diiling-ilingi cêtha //

sirahe dilus-lundilus-lus. gênti / dhèk ngêlus Kasan akôndha / iki bocahku wis gêdhe / wis mêtu saka sêkolah / kêna dikon rêrewang / nyambutagawe ya klêbu / jênêng wis duwe pawitan //

mung watêking bocah isih / ngadèn-adèni wong tuwa / rumasa anak wong duwe / nanging ora dadi ngapa / jênêng pikiran bocah / rak ya bakal mari besuk / awit bocah pangajaran //

nuli nyandhak Rahman gênti / karo lirih anyuwara / iki bocah salawase / ora mambu pangajaran / mung atine narima / mênyang uwong tuwa wêruh / wis katara cilik mula //

dhêdhasare pancèn bêcik / upama oleh wulangan / dadi wong luwih besuke / nanging iya wis dilalah / pêpêsthène si Rahman / kudu kon dadi wong busuk / tujune watak nariman //

nuli ngêlus-êlus Siti / pancèn kuwi anak nyawa / diman-eman salawase / ing kono Abdulah krasa / kanthi angunjal napas / bathuke Siti dilus-lus / karo nywara lamat-lamat //

anakku sing dadi ati / rupane saya katara / bakal arêp kèri dhewe / môngka bangêt le ugunggan / o, iya muga-muga / bêcika ing sapungkurku / aja ana pasulayan //

mung kari siji Si Ngali / kêbanjur-banjur le gila / mênyang aku ing saprene / pamujiku ora liwat / Ngali muga èlinga / nggone muni ngono mau / karo sêsêg kaca-kaca //

nuli manèh ambalèni / anake diêmèk padha / ing bathuke gêntèn-gêntèn / lan kurêp pèk-èpèk tangan / bokmanawa kanginan / karo ambênakke kêmul / sing padha uwal kêpancal //

sing kringêtên diusapi / ing sauwise warata / nuli thênguk-thênguk dhewe / sing wedok alon digugah / uwis satêngah lima / Abdulah tumuli subuh / adane ngumandhang cêtha //

swarane lantas abêning / nganti krungu kene kana / tôngga padha tangi kabèh / karasa kaya digugah / malah ana sing kôndha / swarane kiyai iku / kadingarèn gawe krasa //

kumênyute mênyang ati / kaya arêp pêpisahan / iya salawas-lawase / uwise têkan wayah byar / tôngga têparo têka / angusungi barang brang-brung / ing wusana banjur budhal //

anak têlu diambungi / êmbokne mung ngucêk mripat / kyai kaji muni ngene / wis ta aja krasa-rasa / muga padha slamêta / uwis ta tak budhal aku / aja padha kambang-kambang //

--- 237 ---

Rêmbagipun Bancak lan Dhoyok (Pênthul lan Têmbêm)

Bab Raos Jawi

Bancak: Sore-sore adhême kaya mangkene. Ya bapo ... ak ...

Dhoyok: Ngono kuwi kutut manggunge wong gêndhêng, patute mung diwêtokke môngsa rêndhêng, ora ana rasane wong rêngêng-rêngêng, mênyang kuping ora duwe rasa nyamlêng.

Bancak: E, gênahe mêmoyoki Dhoyok kowe, lah yèn wani bok iya mêtu marene, aja êmung maoni suwara bae, apa klakon kowe tak gèrèt marene. Nanging Dhoyok sumurupa mungguh aku, isin yèn ta nganti tindak grusa-grusu, ora prêlu aku nganggo nêsa-nêsu, yake cukup tak balang wangsalan sêmu: Adhuh lae kêmbange gêdhang ya tuntut, bokne ngantèn nutu pari tanggung baut, adhuh Dhoyok aja mrêngut ora patut, bok ngêmpingi èsêm aku bène katut. Kang wangsalan ginita môngsa ngrêrêpi, mrih nênangi panggalihe pra taruni, aywa lacut kerut murang kramaniti, umèngêta marang kang wus samya swargi.

[Grafik]

Dhoyok: Sarèh-sarèh adhuh Bancak sadulurku, kok sêmoni rada karasa atiku, wis nisiha Bancak, aku arêp mêtu, aku arêp nyambungi mênyang gunêmmu.

Bancak: Wis mrenea tak tampani Dhoyok: babo, têtêpêna aja nganggo kêncêng kêndho, ayo padha rêrêmbugan uwong loro, wis mapana linggiha ana ing kono.

Dhoyok: Hê ah Bancak, aku arêp takon kowe, apa mungguh wangsalanmu ing karêpe, dene nganggo ngarani sing kae-kae, iku apa Bancak mungguh pakolehe.

Bancak: Aku ora arêp kôndha apa-apa, mung kêkandhan kanggo sêlan kadhingkala, aku aja diarani nyêla-nyêla, mung ngandhakke uni sing krasa balaka. Ing karêpku mung arêp kôndha mangkene, sabab apa ing jaman saiki kiye, ingatase wis kaya ngene majune, nanging ing bab anèh-anèh isih bae. Kaya ta bab kaanan sing elok-elok, ana uwong bisa mêca ora ilok, amêruhi samar-samar bisa ketok, malah jare wêwatone kanthi mêlok.

Dhoyok: Wong ya kowe cèthèk pikiranmu Bancak, ing kiraku saka ora tau nacak [na...]

--- 238 ---

[...cak] kêndêl bangêt kowe banjur ngicak-icak, ing mulane rêmbugmu banjur kêcacak. Sumurupa Bancak ujar ngono kuwi, kuwi saka tumusaning raos Jawi, dadi mungguhing bab elok kuwi mêsthi, awit ora cara nganggo tôndha saksi. Nanging ora ta yèn ora nganggo tôndha, ing bab ngono ing mêsthine iya ana, nanging ora disaksèni kene ana, mung gumantung ana wong sing tinarbuka.

Bancak: Kandhananmu dene têka banjur muluk, angalandêng kaya lumakuning kêluk, banjur dakik kaya ngrêmbug ing bab suluk, kuwi aku iya pancèn uwis mathuk. Ora pisan yèn aku bakal maido, pancèn ana mungguh wong sing aran onjo, nanging mungguh karêpku ora mangkono. Mung geneya akèh wong sing katut mrono. Yèn kotimbang gunêmku rak wis nocogi, pasaksène tinêmu nèng tôndha sêksi, kang wis têtêp wong liya ora mêruhi, lah, geneya akèh wong padha nglêluri. Upamane ana wong olèh wêwêngan, banjur bae akèh wong têka byuk-byukan, sok kalalèn mênyang luhuring kaprajan, bab asoring bêbudène ora dieman.

Dhoyok: Kang mangkono Bancak, kowe aja kliru, awit mungguh ing bab, kluhuraning wahyu, upamane bisa ngêsorake ratu, uwong lumrah ora bakal bisa niru.

Bancak: Iya bênêr lalêr mibêr enak sêgêr, nanging apa ora akèh sing kêblingêr, saka luput anggone angaku bênêr, barêng wong sing dianggêp luwih wis abêr. Kang mangkono Dhoyok apa ora cêtha, yèn wong akèh mung saka gampang pracaya, sabên ana ombyak mrana katut mrene, durung bisa ngantêpke tekad sing nyata.

Dhoyok: Kang mangkono iya durung aran kliru, awit mungguh kahanane kabèh mau, mung minôngka coba panglalaring kalbu, yèn tumêmên nyatane mêsthi tinêmu. Aku ngrêti rêmbugmu sing ngono mau, têgêse rak ngrasani wong adol idu, iya pancèn ana kang mangkono iku, lan lumrahe sok ora lulus ing laku. Ing saiki rêmbugku tak unggahake, angrasani bab kawruh kasunyatane, ora kurang uwong sing kliru tindake, nanging bisa tinêmu têmbe burine.

Bancak: Kang mangkono mung gampang ana ing clathu, yèn wong kliru salawase iya kliru, ngono mau tumrap ujar mungguh ngèlmu, nanging aku ya mung êmbuh sakarêpmu. Na: saiki rada tinêmu rêmbuge, dadi ora mung gunêman gawe-gawe, lan ing kono ketok ing beda-bedane, ing bab kawruh pangajaran lan jawane. Yèn tumrap wong sing wis ngambah pangajaran, kagunane wis tinêmu nèng kanyatan, ora prêlu ngalêm sing awèh wulangan, awit uwis jênêng mapan lan kawakan. Beda karo uwong kang maguru ngèlmu, ing samôngsa wis nglakoni anggêguru, ora liya kang diketokke mung guru, nganti lali yèn awake dhewe turu. Kang mangkono apa ora jênêng luput, rumasa yèn uwis dhuwur nyamut-nyamut, dalah uwong liya iya milu nyêbut, aja main kuwi siswa Gunung Kêlud.

Dhoyok: Pancèn bênêr Bancak mungguh ing rêmbugmu, uwong iku adhakane slura-sluru, gampang kêna diarani ngaku-aku, padha bae kaya kowe karo aku. Yèn mangkono dadi yèn dipikir [dipi...]

--- 239 ---

[...kir] bablas, kabèh kawruh iku pancèn bêcik canthas, mung tindake sok kliru surup ing ancas, mung kêburu murih diarani brêgas. Kang mangkono yake iya apa bae, tumusaning antêpmu digampangake. Uwis-uwis dicuthêl samene bae, suk lêbaran bae padha têka kene.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Ing Sêmarang ing Kampung Pêkojan mêntas wontên kêbêsmèn, wontên toko Tiong Hwa gangsal dados karangabang, kapitunan katapsir wontên f 100.00.-, ingkang sabageyan kaayoman dening asuransi.

Tuwan pokrul jendral sampun paring dhawuh nindakakên papriksan dhatêng Tuwan de la Fosse, seping kantor pos ing Bandhung, jalaran kadakwa nêrak art. 153 bis saha 156 inggih punika prakawis pèrêsdhèlik.

Kala tanggal 5 Pèbruari punika Tuwan Ibrani, satunggiling jurnalis bôngsa pribumi sampun wangsul anggènipun lêlana anjajah Eropah, tigang taun laminipun. Wontên pawartos, tuwan kasêbut nginggil gadhah niyat badhe ngêdalakên sêrat kabar dintênan mawi basa Walandi.

Benjing tanggal 16 wulan punika badhe wontên tamu dhoktêr bôngsa Jêpang kêkalih, Dr. Nobechi saha Dr. Yokoyama, prêlu anjênêngi Medisch Volkenbodscongres ing Bandhung. Dr. Nobechi punika satunggiling dhoktêr babagan sêsakit ingkang nular, asmanipun sampun kawêntar ing saindênging nagari Jêpang.

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral, benjing ngancikipun wulan April ngajêng punika kaparêng badhe anjênêngi konpêrènsining para bupati Jawi Têngah ing Wanasaba, tanggal 8 dumugi 10 April, lêrêp wontên ing Nôngkajajar, salajêngipun tanggal 9 April lajêng badhe anjênêngi konpêrènsining para bupati Jawi Wetan ing Malang.

Ing dhusun Pêsawahan, Ondêr Binangun, wontên tiyang nama: Wadinaya anjala ing sêgantên kidul, manggih lare jalêr umur 1 1/2 taun, ingkang sampun gumlethak ing wêdhèn kasêmpyok ing toya, lare wau kapêndhêt, rahayu taksih gêsang. Saking rigênipun pulisi, ingkang gadhah anak pinanggih, tiyang èstri ing dhusun Banjarwaru, Ondêr Nusawungu, kapriksa cariyos, bilih lare wau anak bêktanipun ingkang jalêr, sarèhning piyambakipun biyung kuwalon, botên purun kanggenan, lajêng kabucal. (S).

Ingkang bupati ing Batawi R.T. Ahmad, samangke sampun sênggang saha sampun wiwit ngasta padamêlan malih.

Tuwan H. Kraemer satunggiling dhoktêr sèndhêng, samangke sampun wangsul saking anggènipun lêlana ing Indhia Inggris nyinau sipat-sipatipun agami Islam, lajêng badhe mampir ing tanah Batak. Benjing pungkasanipun wulan April lajêng badhe têrus dhatêng tanah Jawi, ngasta padamêlan wontên ing Surakarta.

Sawênèhing tiyang ing Ngayogya mêntas nyuwun pitulunganipun Anti-Woeker Vereeniging ing Bandhung, awit sêmunipun, A.W.V. ing Ngayogya sampun botên wontên tilasipun aliyas sampun puput yuswa. Manawi pawartos punika nyata, samangke wontênipun A.W.V. ingkang têtela kathah sangêt pitulunganipun namung kantun kalih, inggih punika ing Bandhung saha ing Têgal.

Nalika parêpatanipun Prijaji Bond pang Surabaya tampi satunggiling usul ingkang wosipun badhe ngaturakên panuwun dhatêng pamarentah supados para juru sêrat ingkang botên anggadhahi dhiplomah sarta badhe kainggahakên dados mantri pulisi, pamikiripun dening dhoktêr botên kaping kalih, inggih punika sapisan nalika sampun kagalih nyêkapi, kaping kalih badhe katêtêpakên dados mantri pulisi, ingkang lêtipun sok ngatos taunan. Usul ing bab badhe ngaturakên panuwun supados para juru sêrat kasaènana balanjanipun ugi katampi. Wasana lajêng wontên usul ingkang wosipun botên nyondhongi dhatêng wontênipun pilihan tumrap ingkang badhe nglêbêti Bestuursschool.

Wangsulan saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 1939. Kintunan panjênêngan gambar sampun katampèn, badhe kapacak ing Kajawèn.

Tuwan Karsana ing Nganjuk, gambar botên kapacak, kamanah botên patos wigatos.

Tuwan A.M.K. Sudirja, ing Sumilir. Gambar botên kapacak kirang prêlu.

Lêngganan nomêr 980 ing Gunung Megang. Pakabaran panjênêngan punika tumraping ngakathah botên patos wigatos, lan malih kados botên prêlu kapacak badhe ngawontênaken bayaran punapa, suka sukur panjênêngan sampun anyêkapi.

--- 240 ---

Wêwaosan

Rara Rêjêki

Karanganipun Radèn Lurah Sastrayagnya ing Surakarta.

13

[Durma]

gyah ingambil jêmparing wus tinampanan / pinênthang langkap neki / cumlorot kang panah / ngênani Raja Kandha / sakala niba ngêmasi / nanging jatinya / Kandha tan kênèng pati //

lamun durung kacandhak pangapêsannya / jatine Kandha Aji / matia ping sapta / yèn pinêrang ing gaman / yêkti bangkit urip malih / bisane sirna / sinawat cupu manik //

yèku cupu kang kinandhut kusumèng dyah / mangkana Sang Kandhaji / tangi ngamuk sigra / radyan arsa cinandhak / jinêmparing wus ngêmasi / nanging waluya / pulih sauni-uni //

kanggêging tyas Rahadyan Sujana sigra / oncat nyalimpêt têbih / sêdyanira arsa / kapanggih sang kusuma / kocapa Kandha wus tangi / atiwikrama / ngêtog kadibyannèki //

Jola Jali kang ngêmbuli ing ngayuda / dhasar sêkti wong kalih / padha trah siluman / mila gêgêt prangira / tan wontên ingkang kalindhih / gêntos kang pêjah / samya kawêkèn budi //

kawuwusa radyan kapanggih rêtnèng dyah / mèsêm Dèwi Marwati / sarwi lon turira / dhuh radyan kadiparan / Kandha punapa wus mati / de panggih amba / radyan ngandika ris //Kurang satu suku kata: radyan ngandika aris.

durung sirna Si Kandha pancèn digdaya / nyawane bola-bali / mati rambah-rambah / têka bisa waluya / sun kira Si Kandha Aji / panukmanira / carita purwa nguni //

Prabu Dasamuka ing Ngalêngkapura / de duwe aji-aji / aran pôncasona / sanadyan palastraa / yèn isih nèng dhasar bumi / bisa waluya / krodha mangkrak krura ngrik //

bedanira Kandha dene nora bisa / mangun wikrama dadi / mung wantah kewala / prandene raganingwang / rumasa tan bisa budi / bisane sirna / yèn mundur aku isin //

kaping pindho aku wêlas marang sira / puntoning tekad mami / mung angantêp yuda / sanadyan praptèng lena / satêmah ingsun antêpi / tan nêdya ingwang / mundur ngucirèng jurit //

wêkas ingsun yayi yèn ingsun palastra / titip Si Jola Jali / lan si jalak seta / yayi aywa kosiya / jalak durung milu mukti / Si Jali Jola / abdi wiwit bêbayi //

pan wus akèh labête mring dasihira / sang dyah mèsêm nabda ris / ywa pêpês ing cipta / lêrês Si Raja Kandha / pinrang gêgaman tan mati / wadine ana / lir simbar nyawanèki //

pêjahira winangsulkên mring witira / môngka cupu puniki / sawatna dèn kêna / nanging kudu prayitna / yèn luputa bêbayani / cirine ana / tulisira pan muni //

kang cupu wus tinampan Radyan Sujana / gawok dènnya mriksani / ana tulisira / pati uripe Kandha / sang dyah matur dipun aglis / cupu tamakna / kanthi angêtog budi //

radyan manthuk nulya mangun tiwikrama / ngêtog karosannèki / gya bali cangkelak / mrêpêki Raja Kandha / cêcupu kinandhut rêmpit / Sang Raja Kandha / kagyat dupi udani //

Dyan Sujana dahat gawok jroning driya / de wujud gêng ainggil / netrane ngatirah / Kandha nulya cinandhak / tininggil-tinggil nèng nginggil / pindha likasan / binanting tibèng siti //

nora pêjah gya malês radyan cinandhak / jinunjung datan kongkih / pinêksa tan kuwat / amblês suku kalihnya / prandene radyan tan osik / Kandha angucap / hèh hèh bojlèng si bêlis //

bobotira pindha gunung Maliawan / sun angkat wola-wali / tan mingsêt sukunya / kongsi ngêtog karosan / sukuku amblês ing siti / tan paja-paja / nyata dibya wong iki //

lah malêsa radyan aja ngenak-enak / lir wong sêkti pribadi / nabda Dyan Sujana / Kandha dipun prayitna / cêcupu nulya dèn ambil / saking kandhutan / dèn tamakakên nuli //

anjêrbabah Kandha nèng siti palastra / kuwandanira nuli / binuwang ing jaba / kagyat para drubiksa / ratune tiba ngêmasi / angêbyuk samya / lumêbèng jroning puri //

mulat ana satriya bagus taruna / wus ngira lamun iki / kang bunuh Si Kandha / gya samya mangsah krura / amulat Si Jola Jali / mangsah manêngah / pêdhangira kumitir //

sirna larut sakathahirèng drubiksa / rêsik lir dèn saponi / sirnaning drubiksa / radyan kanggêg ing driya / awit sakala kaèksi / marga prapatan / dibyane para dhêmit //

kang umpêtan angêmpakakên kamayan / radyan kewran ing budi / awas sang kusuma / mrêpêki sarwi nabda / dhuh radyan kewran panggalih / mugi priksaa / marga prapatan iki //

sajatine kabèh anjog panasaran / panggawene Ijajil / cupu kaparingna / ngong racut alamira / cupu pinaringkên nuli / sampun katampan / dening Dewi Marwati //

gya binuka kang kutha sirna sakala / pulih dadya wanadri / Rahadyan Sujana / tyase èngêt sakala / Jola Jali dèn timbali / dening rêtnèng dyah / praptane dèn dhawuhi //

kinon masang cêcupu nèng soring wrêksa / lamun wus sawatawis / kinon jupuk enggal / sandika kang sinabdan / cêcupu wus dèn tampèni / nulya pinasang / sang dyah angore wèni //

[Sinom]

sarêng sampun kalêksanan / dhawuhe Dèwi Marwati / obah kêkayon ing wana / gumêro tinêrak angin / lesusira gumêrit / prahara mulêg wor lêbu / kèh kayon kaparapal / ana kang tugêl kapuntir / tan adangu katon latu ngalad-alad // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 17, 27 Pasa Taun Ehe 1860, 26 Pèbruari 1930, Taun V

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [257] ---

Ôngka 17, 27 Pasa Taun Ehe 1860, 26 Pèbruari 1930, Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Sawangan ing Gêgana

[Grafik]

Kitha Malang dipun tingali saking gêgana.

--- 258 ---

Raos Jawi

Lêlampahanipun para Pandhawa

Ujaring para sêpuh: tiyang ambêk rahayu punika, sasolah-tingkahipun tansah pinayungan ing Hyang Widhi. Ingkang makatên punika mênggah lêrês lêpating kanyataanipun namung kasumanggakakên dhatêng para nupiksa.

Ewadene ing ngriki badhe anggancarakên lêlampahan purwa sawatawis, ingkang raosipun ragi mencok yèn ta kadamêla pasêksèn ing bab lêrêsipun ungêl-ungêlan ing nginggil wau, inggih punika lêlampahanipun Pandhawa.

Kacariyos ambêk rahayu wau satunggiling pambêkanipun tiyang ingkang pikantuk wahyuning Pangeran, gêlaranipun makatên: sirik adamêl saksêrik, kapara angenaki janmi, bêkti ing Gusti, wuruk dhatêng para busuk, mirah dhatêng bocah, anggunggung para kumalungkung, titi dhatêng para budi, ngungsêd dhatêng para sagêd, tuwin sanès-sanèsipun. Wondene wontênipun ing cariyosan purwa (ingatasipun para Pandhawa) wêwatakan ingkang makatên wau namung dumunung wontên ing Maha Prabu Yudhisthira, inggih Darmakusuma ratu ing Cintakapura (Ngamarta).

Kyai Dhalang cariyos: Sami-sami ratu sajagad rat pramudita, botên wontên ratu ingkang kasinungan pambêkan utami kados Sri Yudhisthira wau, malah kaloking rat, punika satunggiling ratu binathara ambêk darma martotama, nagarinipun agêmah-ripah loh jinawi. Prajuritipun nyêkapi tur sami santosa, sanadyan sadaya wau sami kalêbêt santana piyambak, ewadene botên wontên ingkang purun anglirwakakên kawajibanipun piyambak-piyambak, sadaya sami sumêrêp têtanggêlanipun tanpa kaêrèh, nelakakên bilih sami sumuyud manguswapada, ingkang makatên punika mencokipun pasêksèn ingkang kapisan bilih sumuyudipun sadaya wau amargi saking kêdayan pambêkan rahayu.

Kaping kalih, manawi wontên mêngsah andhatêngi, nêdya angrubeda katêntrêmaning praja Ngamarta, ngrurah nagari utawi rajadarbèkipun, sang prabu tansah prayitna, nanging katawisipun namung sarwa dhangan kemawon. Upami prajuritipun sampun sami kasoran, wasana sang prabu dipun cêcamah ing mêngsah supados murka panggalihipun, ewasamantên inggih mêksa namung sinanggi ayêm kemawon, botên gampil dados kabaranang kados ratu sanèsipun. Sanadyana mêngsah wau anjêjamah sang prabu, inggih winangsulan sarwa sarèh, pangandika alus manis, rila lêgawa, nanging ing panggalih namung tansah gêgandhulan karsaning dewa ingkang murba amisesa, pramila pungkasanipun mêngsah wau inggih lajêng abêr piyambak, tuwin suminggah, utawi saking parmaning dewa, sanalika lajêng wontên kemawon ingkang kadugi atêtulung, ngadatipun inggih punika Sri Krêsna utawi satriya saking sanès nagari, ngantos anjalari sirnaning rêribêdipun tuwin wilujênging praja Ngamarta,

--- 259 ---

kapara malah saya kineringan dening liyan praja.

Kawontênan ingkang kados makatên punika ugi satunggaling pracihna bilih pambêkan rahayu wau nyata andayani wilujêng tumrap kawontênaning nagari dalah têtiyangipun sadaya, punapa malih dados satunggaling pasaksèn bilih panjênênganipun tansah pinayungan ing dewa (kinasih).

[Grafik]

Para kadang Pandhawa pêpak dalah Sri Krêsna.

Sampun kaping-kaping praja Ngamarta badhe rinisak ing mêngsah, nanging tansah sande, amargi singa ingkang angraosi, sanalika lajêng èngêt, utawi lajêng ajrih piyambak, bokbilih kenging sapudhêndhaning dewa.

Ingkang makatên punika manawi dipun irib-irib ugi lajêng mantuk dhatêng ngibaratipun sadaya tindak nistha, sisip utawi angkara murka manawi botên dipun lawani, satêmah wangsul dhatêng asalipun malih, upaminipun kadosdene êbal kadhawahakên ing siti, sayêktos mêndal, wangsul dhatêng ingyangingkang. nyawatakên.

Kaping tiga, wiwit timur mila para trahing Kurupati (Korawa) punika darbe pamanahan sêngit dhatêng Pandhawa, amargi kuwatos manawi ing têmbe ngrêribêdi prajanipun, sabab dening kasor kadibyanipun, ingatasipun bab punapa kemawon, jêr rikala samantên para Pandhawa sampun kêtitik sami putus ing saliring guna sura sakti, sajagad pilih tandhing, malah kasêbut dados pêpêthinganing dewa ing Suralaya, dados para Korawa sami kuwatos bokbilih ing wingking pangwaosipun karêgêm ing darah Barata (Pandhawa) wau. Pramila sanajan alit mila kêkêmpalan, saha ing lair katingal sae sami sae, nanging sayêktosipun, para darah Kuru wau sangêt pangigit-igitipun ingatasing para Pandhawa, malah ngantos marambah-rambah dipun arah sirnanipun, nanging Pandhawa mêksa dhawah wilujêng kemawon. Badhe kasambêtan.

Nirrasa. Tumpang- Malang.

--- 260 ---

Panglipur Manah

Êmbah ingkang Tansah Grêjêgan kalihan Putu.

Wontên tiyang dhusun sampun dipun sêbut êmbah ajak-ajak putu-putunipun dolan-dolan. Saking dhusunipun dumugining nagari mawi numpak sêpur, saha salajêngipun badhe santun numpak sêpur sanès malih, wicantênipun dhatêng para putu: Sesuk padha tangia sing esuk, padha arêp tak ajak nyang nagara. Wontên putunipun satunggal pitakèn: Punapa dhatêng nagari mawi numpak sêpur, bah. Êmbahipun mangsuli: Iya le, sêpur èsprès. Putunipun: Punapa sêpur èsprès mawi kèndêl wontên ing pakèndêlan alit ta, bah. Êmbahipun: Geneya ora mandhêg, waton ana sing nunggang mêsthi diêndhêgake. Wis ta padha turu, sesuk mundhak kêrinan.

Putunipun wontên ingkang sampun mangrêtos dhatêng lampah-lampahing sêpur, ing batos anglêpatakên dhatêng êmbahipun, nanging badhe criyos ajrih.

Lare-lare sami bingah ing manah, tansah ngèngêt-èngêt anggènipun badhe dipun ajak dolan êmbahipun dhatêng nagari. Ingkang badhe dipun ajak wontên lare gangsal.

Enjing jam gangsal putunipun sampun sami dipun gugahi, kapurih adus, sampun dipun timbakakên wontên ing jêmbangan, lajêng sami adus pating gêbyur, sawênèh wontên ingkang dipun grujugi, sadaya katingal sêgêr-sêgêr. Sarampunging dandan lajêng bidhal, êmbahipun ambêkta buntêlan ambêntoyong isi sêkul salawuhipun. Putunipun ingkang alit piyambak pitakèn: Kuwi apa bah. Êmbahipun mangsuli: Sêga karo iwak, mêngko padha dipangan, dadi ora kakehan jajan. Putunipun: Aku wis ngêlèh, bah. Êmbahipun mangsuli satêngah ngoso: Ya mêngko, yèn wis têkan sêtatsiun padha dipangan. Yêktos, sadumugining sêtatsiun lajêng ambikak bêbêktanipun, sêkul dipun bontot ing godhong pisang wêtahan, taksih angêt, lajêng dipun gêlar. Ulamipun panggang ayam bumbu rujak, lajêng dipun pothèng-pothèng, êmbahipun lajêng wicantên: Wis kono padha mangana sing warêg. Lare lajêng sami nêdha, êmbahipun nginguk dhatêng panggenan panyadean karcis taksih tutup, nanging botên dangu bikak, tiyang ingkang tumbas kathah sangêt, ngantos suk-sukan. Nanging sarèhning tiyang wau sabar, inggih ngêntosi sasêlanipun. Sarêng sampun sêla lajêng pitakèn dhatêng ingkang sade karcis: Èsprès dhatêng kitha pintên. Wangsulanipun: O, èsprès botên kèndêl ngriki pak. Sakêdhap kemawon inggih botên. Tiyang ingkang sade karcis mangsuli kalihan gumujêng: Botên pak. Inggih sampun tumbas dhatêng nagari kemawon pintên. Tigang kêthip, nanging sêpur ingkang badhe dhatêng nagari mangke langkung awis, amargi sêpur sênèl, karcis pêthak, kados karcis Walandi, mangke wingkingipun malih sêpur ingkang thruthuk, langkung mirah.

--- 261 ---

Tiyang sêpuh lajêng murugi dhatêng panggenaning putu-putunipun kalihan wicantên: Enakna anggonmu mangan, aja padha kêsusu, aku wis ngrêmbugi, èsprès mêksa ora mandhêg ing kene. Putunipun ingkang mabêni kala wingi wicantên: Rak inggih lêrês kula ta bah. Iya nanging barang sing durung ana nyatane ora kêna diugêmi.

Botên dangu sêpur èsprès langkung, lampahipun rikat sangêt, ngantos namung katingal sakêclapan. Êmbahipun lajêng wicantên: Kowe padha ngrêti sababe ora mandhêg, kuwi jalaran saka rikate. Wis padha linggiha ing dhingklik kono, sêpure isih suwe.

Lare-lare lajêng sami linggih. Lêt saprapat jam wontên sêpur dhatêng badhe dhatêng nagari, lare-lare sami bingah. Ingkang agêng wicantên: Punika bah, sampun dhatêng. Kuwi sêpur Lônda, le, luwih larang, mêngko nunggang sing murah bae, tur ya padha têkan nagara. Wis padha linggiha manèh. Lare-lare sami katingal gêla, pating palênggong.

Salêbêtipun ngêntosi sêpur thruthuk, wontên tiyang pitakèn dhatêng tiyang sêpuh wau badhe dhatêng pundi, dipun wangsuli manawi badhe dhatêng nagari ambêbingah putu-putunipun. Tiyang wau cariyos, manawi putunipun ingkang tiga taksih kenging katumbasakên karcis sapalihing tiyang sêpuh. Tiyang sêpuh dipun cariyosi makatên wau bingah ing manah, lajêng cariyos dhatêng putunipun ingkang agêng: Gulo, samono bathine wong sabar. Ngrêtia.

Tiyang sêpuh wau thukul gagasanipun: Tinimbang tuku karcis saparo kanggo bocah têlu, bok ya lima babarpisan. Yêktos, sarêng panyadean karcis dipun bikak, tumbas karcis tiyang sêpuh satunggal, lare gangsal, lajêng dipun lungakên putu-putunipun nyatunggal. Sarêng putunipun ingkang agêng nampèni lajêng wicantên: Punika mangke rak dipun dhêndha bah. Êmbahipun mangsuli: Didhêndha dosane apa. Kula lare kalih punika karcisipun kêdah sami kalihan tiyang sêpuh. Sapa sing arêp ngarani wong tuwa kowe. Botên tiyang sêpuh makatên, lare ingkang kakengingakên bayaran namung sapalih punika ingkang kirang saking umur sadasa taun. Kowe rak ya kêna takawatake umur kurang sapuluh taun, ta, sapa sing arêp maido putuning uwong.

Lare kèndêl kemawon, nanging ing batos kêdah mabêni. Botên dangu sêpur dhatêng, sadaya lajêng sami minggah, saha lajêng bidhal. Putunipun ingkang alit-alit sami bingah, saha wontên ingkang apitakèn: Iki sêpur èsprès, bah. Bahipun mangsuli kalihan ngêlus-êlus gundhuling lare: Putune èsprès. Botên dangu wontên suwara: karcis. Ing ngriku tiyang sêpuh lajêng akèn dhatêng putu-putunipun supados sami nyêpakakên karcis. Sarêng kondhèktur dumugi ngriku lajêng angguntingi karcis kalihan namatakên saha wicantên: Ingkang kalih punika sanès lare, kêdah ngangge karcis tiyang sêpuh. Mangke rumiyin, ngêntosi tuwan. Botên dangu kondhèktur Walandi dhatêng, tiyang sêpuh lajêng cariyos tatag: Tuwan, sarèhnya saya punya putu-putu umurnya padha kurang nyêpuluh taun, makanya saya bêlèkkên karcis satêngah manusiah. Kondhèktur Walandi wicantên kalihan gumujêng: So, so. Ini yang dhua apa bêlum umur sapuluh taun. Pantês-pantêsnya kok bêlun.

--- 262 ---

Ah bayar saja, sêpèrti orang tua, pake sêdhikit dhêndha. Pak sêpuh lajêng kapurih ambayar, dipun sukani pêthuk. Sapêngkêring kondhèktur, êmbahipun wicantên dhatêng putunipun ingkang kakengingakên dhêndhan: Dadi têgêse wong tuku karcis ana ing dhuwur iku kêna ta. Ngrêtia. Putunipun mangsuli kalihan gumujêng: Inggih. Sêpur lampahipun bablas, wusana dumugi nagari, êmbahipun lajêng aba: Mudhun-mudhun, salin sêpur. Padha ngati-ati lo, aja nganti kêtlisut, kono padha kanthèn sing kêncêng. Badhe kasambêtan.

--- 262 ---

Pawartos Wigatos

Pamulangan Luhur Al Azhar ing Kairo (Mêsir)

[Grafik]

Gapuraning pamulangan luhur Al Azhar.

Sami-sami pamulangan luhur, pamulangan luhur ingkang kasêbut ing nginggil punika kenging kaewokakên pamulangan luhur ingkang sêpuh piyambak. Kawêntaring namanipun sampun pintên-pintên atus taun nyarambahi saindênging jagad kaislaman, tansah sumunar suka pêpadhang dhatêng sok tiyanga ingkang nêdya ngangsu kawruh. Miturut gotèkipun tiyang, cacahipun sêtudhèn ingkang sinau wontên ing ngriku ngantos ewon, asli saking nagari pundi-pundi, ugi saking Indhonesiah. Kawan taun kapêngkêr cacahipun botên kirang saking 10.000, ingkang 2000 manggèn ing salêbêting pamulangan, têtela Al Azhar wau botên kawon kalihan pamulangan luhur sanèsipun ing Eropah, têtela satunggiling mêmanik [mêmani...]

--- 263 ---

[...k] tumraping jagad kaislaman. Dene ingkang baku kaparsudi inggih punika babagan kawruh agami, ing ngriku bab suraosipun Kuran saha anggêr-anggêring agami Islam katêrangakên ngantos salêsih anjalimêt. Manawi kalêksanan sagêd lulus (umur 21 utawi 22 taun) lajêng angsal sêsêbutan Mudari (propesor) utawi Sèik (dhoktor). Kajawi kawruh agami ugi kawulangakên babagan: paramasastra, kasusastran, ngèlmu pangadilan, ngèlmu kadhoktêran wiskunde saha babad.

[Grafik]

Para mudha Indhonesiah, ingkang wontên ing Mêsir.

Ingkang anggumunakên, pamulangan luhur wau ugi nampi murid ingkang sawêg umur wolung taunan, mligi namung kawulang ngaos Kuran, laminipun kalih dumugi sêkawan taun.

Al Azhar wontênipun tansah majêng kemawon, saya sarêng nagari Mêsir kacêpêng ing bôngsa Inggris, malah lajêng ngêdêgakên pang ing Alèksandriah, Tantah saha panggenan sanèsipun. Para sèik wêdalan ing ngriku ingkang kathah tansah dados pangalêman ing bab kasagêdan saha kapintêranipun. Mênggah babadipun pamulangan luhur wau kados ing ngandhap punika.

Ing taun 969 nagari Mêsir katêlukakên dening bôngsa Arab, dipun tindhihi dening Al Muizz, salajêngipun Al Muizz jumênêng kalipat wontên ing Mêsir turun-tumurun ngantos tigang atus taun. Kacariyos sajumênêngipun Al Muizz lajêng paring dhawuh yasa kitha enggal, kaparingan têtêngêr Kairah (Kairo) têgêsipun kithaning kamênangan. Lêt kawan taun lajêng yasa mêsjid Al Azhar ngiras taman pustaka. Ingkang jumênêng kalipat wau satunggiling priyagung ingkang moncèr budinipun, mila sêsarêngan saha gêgayutan kalihan mêsjid saha taman pustaka wau ugi lajêng kawontênakên pamulangan (madrasah), babagan kawruh warni-warni kados ingkang sampun kasêbut ing nginggil. Nalika samantên ingkang sami mlêbêt dados murid botên namung mligi saking nagari Mêsir kemawon, saking Indhia, Apganistan, Pèrsi, saha tanah Arab ugi botên sakêdhik. Nalika samantên Al Azhar lajêng wiwit dados têlênging kawruh, tansah ingayoman dening para kalipat, tansah dados sêkar lathinipun para ingkang sami ngangsu kawruh. Sarêng para umat Islam pêcah dados pintên-pintên madsab, kados ta: anapi, sapii, maliki saha ambali, kawontênanipun ing Al Azhar ugi lajêng pilah dados pintên-pintên golongan.

Saya kathah muridipun ingkang asli saking mônca nagari, saya kathah gêgosokanipun kalihan pamulangan luhur sanèsipun, saya kathah tiyang ingkang ngajêngakên supados pamulangan luhur ing Kairo wau kadhapuka gagrag enggal kalarasna kalihan jamanipun.

--- 264 ---

Panggulawênthah

Pamulanganipun Sang Pujôngga Dr. Rabindranath Tagore

Para maos kados botên badhe kêkilapan malih, sintên sang pujôngga punika. Amargi ing Kajawèn ngriki rumiyin ugi sampun ngêwrat gambaripun. Wiwit rumiyin mila, asmanipun sampun arum sumêbar ing saindênging jagad raya, makatên ugi wontênipun ing tanah Indhonesiah. Jalaran saking anggènipun sampun nate lêlana dhatêng tanah Jawi sarta Bali, asmanipun ingkang arum wau saya sumêbar, mèh sabên tiyang sami mirêng. Mênggah misuwuring asma wau, botên saking anggènipun asring lêlana anjajah praja, utawi botên namung saking anggènipun anggilut sampurnaning kabatosan tuwin saking kamursidanipun kemawon, ugi saking anggènipun gadhah pamulangan luhur ingkang sae ancasipun sarta mulya gêgayuhanipun. Dene ing ngriki ingkang badhe kaandharakên, ancas sarta dhêdhasaring pamulanganipun sang pujôngga wau, ingkang saenipun sampun pinuji ing jagad.

Mênggah pamulanganipun punika botên namung kados limrahing pamulangan punika kemawon, ananging mêngku kajêng ingkang luhur lan lêbêt. Bakunipun makatên adhêdhasar kamanungsan, têgêsipun botên ambedakakên dhatêng jinis-jinising bôngsa ing alam donya punika. Ing basa mônca dipun wastani: International University têgêsipun: pawiyatan luhur kangge sadhengah bôngsa. Mila makatên, amargi saking anggènipun kagungan idham-imanidham-idhaman. murih manusa ing donya punika samia gadhah raos katrêsnan dhatêng bôngsa sanèsipun. Mila wosing sêdyanipun pamulangan wau, mêmayu dhatêng karukunaning donya ingkang sayêktos, lan sagêda dados abên-abênan sêsambêtanipun jagad wetanan kalihan jagad kilenan, inggih punika buwana Asiah kalihan Eropah.

Kathah para sarjana sujana ingkang sami ambudidaya, murih sêsrawunganipun bôngsa wetanan kalihan kilenan sagêd rukun, sampun sami abên dêg namung ambujêng pamrih mikantukakên badanipun piyambak-piyambak. Para pintêr sampun sami ngakêni, yèn dhêdhasaring bôngsa kêkalih wau botên sami, nanging pinanggihipun kosokwangsul. Kasusilan kilenan punika adhêdhasar kalairan, ingkang dipun utamèkakên babagan kadonyan. Kayakinanipun ing donya botên wontên barang anèh lan elok, sadhengah tiyang ingkang purun sarta têmên-têmên pangudinipun, badhe kadumugèn punapa sasêdyanin.sasêdyanipun. Ingkang makatên punika, lêpasing kamajêngan kilenan adamêl gawoking ngakathah, bêbasan angèl rungsiting donya kaconggah dening lantiping kapintêran, sadaya-sadaya badhe kawêngku utawi kagayuh. Dene yèn bôngsa wetanan, kasusilanipun adhêdhasar kabatosan, ingkang dipun udi kasampurnaning batos. Pamanahipun dhatêng kadonyan botên patos kèrêm sangêt, botên gadhah raos kamurkan sarta pangôngsa-ôngsa. Dening ngèngêti yèn babagan punika namung kadosdene [ka...]

--- 265 ---

[...dosdene] barang sampiran, ingkang botên mêsthinipun yèn kêdah dipun rungkêbi sangêt-sangêt.

Jalaran saking beda-bedaning kasusilan wau, sang pujôngga Dr. Rabindranath Tagore badhe andhapuk dhêdhasar kalih warni punika, murih sêsrawunganipun bôngsa wetanan sarta kilenan sampun sami rêbat dêg, puguh angêkahi dhêdhasaripun piyambak-piyambak. Amargi yèn sami dene kêkah-kêkahan makatên, wohipun tinêbihan ing karukunan donya. Satunggal-tunggalipun sagêda tulung-tinulung sêsamadan, sami dene angakênana, yèn satunggal-tunggaling bôngsa punika migunani dhatêng sanèsipun. Amargi saking ancasing sêdyanipun ingkang utami lan luhur punika, kathah para ahli budi ingkang sami mangayubagya sarta manêmbrama dhatêng gêgayuhanipun sang pujôngga. Saya sasampunipun kondur andon lêlana saking Tyongkok, Jêpan lan sanès-sanèsipun, saya kathah malih para marsudi budi saha para sarjana ingkang sami kapadhan ing galih, ngrujuki dhatêng ada-ada ingkang adhêdhasar kautamèn punika.

[Grafik]

Sang Minulya Dr. Rabindranath Tagore.

Adêgipun sêkolahan wau kala taun 1901, kanamakakên: Brahma Widyalaya (Brahma Vidyalaya) ingkang atêgês, panti pawiyatanipun para brahma. Sakawit pamulangan wau ingkang amurwani yasa ingkang rama, asma Sang Maharsi Dhèpêndranat Tagor (Maharashi Devendranath Tagore) ingkang dumuginipun sapriki lajêng kabangun dening sang pujôngga Dr. Rabindranath Tagore, kajêmbarakên têbanipun sarta kadhapuk malih murih laras kalihan gegayuhanipun. Inggih punika sasampunipun kondur andon wisata saking kitha Londhên, kala ing taun 1913.

Sarêng taun 1920-1921, sataun dangunipun, sang pujôngga andon lêlana malih dhatêng Eropah, prêlu badhe nyipati wohing paprangan donya ingkang mêntas kapêngkêr. Panggalihipun trênyuh sangêt mirsa papan patilasanipun paprangan, ingkang anggêgirisi sarta adamêl kasangsaranipun para kawula, ingkang sampun damêl kurban nyawa pintên-pintên lêksa jiwa. Kathah pasabinan ingkang mluwa, dhusun-dhusun sami ngarang katingal suwung, greja-greja sami risak, kantor-kantor sami mawut, krêtêg-krêtêg sami ambrol, kathah kabudidayan sami lêbur mawut, kathah têtiyang sami ina cacad anggotaning badan, ingkang sadaya wau saking uwohing paprangan donya. Papan sêsawangan ingkang suwau asri nêngsêmakên, samangke santun sipat dados sêsawangan ingkang ngêrês-êrêsi sarta adamêl trênyuhing manah.

K.M. Sasrasumarta.

Badhe kasambetan.

--- 266 ---

Waosan Lare

Sapu Ilang Suhe

XIII. Ngali Mulih

[Dhandhanggula]

nadyan bodho mungguh Rahman kuwi / nanging ana titike katara / trêsna marang sadulure / ing nalikane krungu / yèn kakangne mangkono kuwi / atine bangêt krasa / bangêt ing kumênyut / sarta banjur ora tahan / nuli mangkat mripat tansah mrêbês mili / lakune rêrikatan //

panggagase sajêroning ati / lêlakone biyung ana-ana / dene mau lagi bae / atine nuju kisruh / krungu kabar si bapak mati / saiki banjur kakang / nêmoni pakewuh / jarene kêna prakara / kêbangêtên wong yèn lagi nêmu sêdhih / têkane rut-urutan //

rêrikatan ora nolah-nolih / têkan kantor mandhêg ana dalan / takon lan uwong mangkene: / pundi panggenanipun / têtiyang kang kenging prakawis / uwonge nuli kôndha: / gih ing kantor ngriku / kang katingal tiyang kathah / sami tiyang kang badhe dipun rampungi / adhi prêlu punapa //

Rahman kôndha karo sêmu nangis / kula badhe madosi pun kakang / kang kenging prakawis mangke / ing wau wartosipun / kêrêngan pun cêpêng pulisi / nuli ana sing kôndha / o, sakêdhap rampung / yèn mung sabab kêkêrêngan / kenging dipun wastani prakawis alit / sampun dhi ingkang sabar //

Rahman ayêm banjur lèrèn linggih / ana ngisor asêm pinggir dalan / tunggal lan karo wong akèh / ora suwe kêrungu / ana uwong clathu ngrasani / ing bab wong kêkêrêngan / sajake gumêndhung / yèn adhiku nganti kalah / sabab gone kêrêngan karo Si Ngali / aku mungsuh kêduga //

anggêr Ngali ketok tak têmpiling / sanadyan ta Ngali sugih bala / mêsthi mung gampang tak kedhe / apês sirahe rêmuk / aku ora lêga ing ati / yèn durung bisa ngêmplang / mênyang Ngali iku / Rahman pangrungune cêtha / banjur mrêmpêng linggihe ngangsêg nyêdhaki / lan takon alon cêtha //

kalilana kula anyêlani / kakang badhe mrina bab punapa / dene mêmpêng sajakane / yèn kalampahan èstu / harak badhe botên prayogi / inggih yèn Ngali gampang / lêmês kados lumbu / lan malih yèn tanpa kônca / kados inggih dipun êlak-êlak gampil / nanging dèrèng kantênan //

uwong mau clathu lan ambêkis / la bok Ngali rangkêpa sakawan / rampung namung kula sampe / Rahman êmung andhingkluk / nanging bangêt panas ing ati / panase nganti krasa / nyuwara sumruwung / nanging rèhne bocah sabar / dadi bisa ngênêp kanêpsoning ati / batin mung jaga-jaga //

ora suwe nuli mêtu Ngali / guwayane ketok sajak bungah / kêtitik saka èsême / Rahman nuli nyalinthut / arêp ngodhol lakune Ngali / lan iya [i...]

--- 267 ---

[...ya] apa nyata / wong sing muni mau / arêp agawe piala / dhèk samana uwong mau barêng ngrêti / Ngali sing ketok mênang //

lan manèhe sing disêbut adhi / malah kokum têlung puluh dina / parêmpêng abang raine / lakune nuli ngêtut / ing saparan lakune Ngali / barêng têkan gon kiwa / anjarag numbuk brus / lan manèh anggawa rewang / iya nuli anjarag bae miwiti / angajak pasulayan //

nanging Ngali pancèn bocah ngrêti / barêng wêruh ana uwong cidra / banjur mapan ing adêge / nanging nuli dikrubut / ing wong loro ya padha wasis / mênyang ing bab kêrêngan / kanthi sotho jurus / wusana rukêt têlonan / ing wangune rada katêlèyèk Ngali / tansah kelangan papan //

kocap Rahman tumuli nyêdhaki / tangan têngên anggawa bêngkolang / bongkotan kayu agêdhe / barêng wis ora klèru / mênyang sikil sawiji-wiji / tumuli nyabêt rosa / nganti nywara mak prus / gêgarês diarah kêna / banjur uwal gumalundhung wong sing siji / gênti sijine gledhag //

pêringisan wong sing ditibani / Rahman nuli ngangsêg karo kôndha / wêruha iki adhine / murinani sadulur / gêlêm bangêt abela pati / kowe padha wong cidra / arêp ngringkês sirmu / katujune aku ana / saupama kasèp kakang mêsthi mati / ayo padha tangia //

sanalika mung anjêngêr Ngali / nanging barêng wêruh nuli mara / êlo jêbul kowe thole / padha slamêt lakumu / sapa thole sing anuduhi / dene kowe anungka / mênyang ing lakuku / adhine tumuli kôndha / pancèn uwis saka kantor êtut buri / nuli ambacut kôndha //

adhuh kakang bapak uwis mati / wong saomah kabèh padha susah / wis ta ayo bali bae / sakala kakangne bruk / banjur ambruk karo anangis / ing sauwise tata / adhine dirangkul / karo kôndha mêgap-mêgap / wis ayo ta thole banjur padha mulih / atiku pêdhot krasa //

[Grafik]

Desa mawa cara, nagara mawa tata, makatên ingkang pinanggih ing bêbasan Jawi. Ing nginggil punika gambaripun bôngsa Timur ingkang nuju anjogèd, dipun wastani badhendhang.

--- 268 ---

Jagading Wanita

Olah-olahan ing Wulan Siyam

Sambêtipun Kajawèn nomêr 16

Salêbêtipun wulan Siyam, sampun wontên olah-olahan warni-warni ingkang kacariyosakên ing Kajawèn, kados sampun nyêkapi kagêm buka dalah sauripun pisan. Sapunika gêntos anggagas badhe dhawahipun dintên riyadi, punika sabên tiyang mêngku balegriya inggih tamtu ambêtahakên dhêdhaharan kangge nyugaganyugata. têtamu, botênipun inggih kangge dhêdhaharan piyambak. Cara gampil tur sakêdhik waragadipun, damêla:

Manisan agêr-agêr

Anggodhoga agêr-agêr, kaangkah asrêpipun sagêd dados atos. Manawi sampun asrêp lajêng dipun iris-iris alit-alit, manut sakaparêngipun, kadamêl pasagèn punapa balebekan.

Lajêng anggodhoga gêndhis pasir ingkang ngantos kênthêl, manawi sampun kênthêl dipun asrêpakên. Agêr-agêr ingkang sampun dipun pe ngantos garing, mawi dipun lambari ing mêrang.

Dhêdhaharan punika pandamêlipun mayar, waragadipun sakêdhik, tur pèni.

Manisan kolang-kaling.

Mundhuta kolang-kaling (limrahipun tiyang sade kolang-kaling punika sampun oncekan) milihana ingkang cêkapan, sampun kêsêpuhên utawi kênèmên, awit manawi kêsêpuhên atos, dene manawi kênèmên ambêdhêl. Kolang-kaling wau dipun êkuma ing tajin sadalu, yenjingipunenjingipun. lajêng dipun kumbah toya tawa.

Anggodhoga gêndhis pasir ngantos kênthêl, manawi sampun asrêp, kolang-kaling kacêmplungakên, têrus kacêncêm ngantos kalih dalu. Manawi sampun kalih dalu, gêndhisipun dipun iling, saha dipun êngêt malih dipun wêwahi gêndhis, wusana kolang-kaling kacêmplungakên malih, lajêng kawadhahan ing lodhong.

Kolang-kaling wau ugi kenging dipun garingakên sarana dipun pe.

Roti Jawi.

Glêpung wos 5 mangkok, santên 1½ mangkok, lêgèn 1 mangkok, tigan ayam 8 iji, gêndhis pasir 3 mangkok agêng, santên kênthêl 3 mangkok.

Pandamêlipun: lêgèn dipun mor kalihan santên 1½ mangkok, lajêng dipun cêmplungi glêpungipun, dipun ublêg, lajêng dipun kèndêlakên kalih jam, supados mumbluk. Lajêng ngublaka tiganipun kalihan gêndhis, dipun udhêg kalihan galêpung ingkang sampun dipun abêni wau ngantos kenging dipun cuwoli. Lajêng dipun cuwoli kawangun bundêr, ngandhap dipun papakakên, lajêng dipun pan kadosdene ngêpan roti.

--- 269 ---

Kuwih lapis.

Sadhiyaa glêpung wos samangkok, glêpung kêtan satêngah mangkok, santên kênthêl sacangkir, toya gêndhis ingkang kênthêl (gêndhis pasir) sacangkir, toya tawa samangkok, sarêm sasendhok tèh tuwin tèrês abrit.

KajaniKajawi. tèrês, sadaya wau dipun wor dados satunggal, lajêng dipun saring ing srêbèt ingkang awis-awis, lajêng kabage dawosdados. kalih, ingkang sapalih lajêng dipun dèkèki tèrês.

Pangolahipun: numpangna wajan dipun dèkèki toya bêntèr, lajêng kadèkèkana basi kasar utawi wadhah sanèsipun, wadhah wau lajêng dipun soki jladrèn kasêbut nginggil, ingkang pêthak, lajêng dipun tutupi, manawi sampun matêng dipun soki jladrèn ingkang abrit, ugi ngantos matêng, lajêng ingkang pêthak malih, makatên salajêngipun, ingkang mungkasi nginggil piyambak abrit.

Sêpekuk

Pandamêlipun sêpekuk punika kêgolong riwil sangêt, awit kajawi kathah padamêlanipun, ugi kêdah rikrik. Ing sadèrèngipun kêdah ngêpe gêndhis pasir, utawi galêpung gandum ingkang lumêr sangêt, pangêpenipun ngantos pintên-pintên dintên.

Abên-abênanipun: tigan ayam 30 iji, pêthakipun kaublêg piyambak, gêndhis pasir ingkang lêmbat saha garing 30 sendhok dhahar, galêpung gandum ingkang sampun dipun ayaki 15 sendhok dhahar. Martega 1 pun, kakêbluk, angkak cina 2 sendhok sêdhêng, cêngkèh bubukan lêmbat 1 sendhok tèh, kapulaga bubukan 1 sendhok tèh, manis jangan bubukan ½ sendhok tèh, martega ingkang sampun dipun luluhakên.

Anggènipun ngabêni. Manawi badhe ngabêni kêdah katindakakên ing tiyang kalih, nyadhiyakna wadhah 2 iji, kobokan 2 iji, osèr-osèr ingkang lêmês utawi pangublêgan tigan. Wontênipun kasadhiyanan wadhah ngalih iji, amargi satunggal-satunggaling jladrèn pandamêlipun botên kenging lêt dangu. Mila kêdah kabage dados kalih.

Wadhah ingkang satunggal kangge ngublêg jênening tigan dipun mori gêndhis 16 sendhok, danguning pangublêg ngantos 1 jam, ingkang ngantos warni kados martega. Lajêng dipun mori glêpung saking sakêdhik ngantos wolung sendhok, martega ingkang sampun dipun kêbluk satêngah pun, dipun udhêg.

Wadhah satunggalipun malih kangge ngublêg jênening tigan ingkang 14 iji, kalihan gêndhis pitung sendhok utawi glêpung pitung sendhok dalah bumbu sanès-sanèsipun kalihan martega ingkang satêngah pun. Manawi anggènipun sami ngabêni wau sampun mukêt, lajêng dipun mori pêthakaning tigan, ingkang ngangge jênening tigan 16 inggih dipun mori pêthaking tigan 16. Wusana lajêng dipun olah wontên ing wadhah dipun sêlang-sêling.

Patraping pangolah, jladrèn ingkang kapisan dipun êpan ngantos garing, lajêng dipun tumpangi jladrèn ingkang bumbon. Latu kakantunakên ingkang nginggil, sabên saêsap lajêng dipun osèr-osèri martega ingkang sampun dipun luluhakên. Manawi sampun [sampu...]

--- 270 ---

[...n] angsal sakawan sap, kacublêsa ing sada, manawi sampun kalis, bitingipun botên katutan punapa-punapa, tôndha sampun matêng, makatên salajêngipun.

Ingkang kangge ngêsokakên prayogi sendhok agêng.

Warni-warnining olah-olahan inggil punika namung kasumanggakakên dhatêng ingkang kaparêng nyobi.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Benjing tanggal 13, 14 saha 15 Juni ngajêng punika pakêmpalan Sêdya Mulya, pakêmpalanipun para bupati, saèstu badhe ngawontênakên konggrès manggèn ing Wèltêprèdhên. Ingkang baku badhe karêmbag inggih punika bab: kawontênanipun pangrèh praja pribumi samangke saha ing têmbe wingking.

Dèrèng dangu wontên tiyang kuminis sanga dalah sabrayatipun kakintunakên saking Tanjungpriuk dhatêng Dhigul. Suwau namung kagantungan paukuman kunjara sawatawis taun. Sapundhating paukuman wau, jalaran kagalih mutawatosi tumrap katêntrêmaning umum lajêng kasingkirakên dhatêng Dhigul.

Wontên pawartos R.T. Côndradipura, panitya Rad Kraton ing Surakarta, benjing wulan Juni ngajêng punika kadhawuhan sinau dhatêng pamulangan pangadilan luhur ing Bêtawi. Ingkang badhe kapatah anggêntosi padamêlanipun Mr. R.T. Jaksadipura.

Salêbêtipun taun 1929 ingkang kapêngkêr tumrap ing kadhistrikan Bandhung cacahipun tiyang ingkang nikahan dhatêng pangulu ing Bandhung wontên 4431, ingkang pêgatan 4250 sarta ingkang rujuk malih 343. Beyanipun sadaya wontên f 13.440.50. Dene tumrap ing sadaya wêwêngkon ing Kabupatèn Bandhung salêbêtipun taun wau ingkang nikahan wontên 28141, ingkang pêgatan 19586 sarta ingkang rujuk malih 808. Gunggunging beya wontên f 76.155.50. Ing bab pêgatan Kabupatèn Bandhung pancèn onjo piyambak.

Wontên pawartos, Tuwan Middendorp (I.S.D.P.) kaparêng badhe lèrèh saking anggènipun jumênêng wontên ing Rad Kawula. Lajêng badhe dipun gêntosi Tuwan Stokvis, ingkang samangke taksih wontên ing nagari Walandi.

Benjing wulan April ngajêng punika Taman Siswa badhe ngawontênakên konggrès manggèn ing Ngayogya. Ingkang baku badhe karêmbag bab pangajaran kabangsan, nanging ugi badhe anggêpok pulitik, inggih punika bab aksinipun para guru ing bab pulitik.

Katêtêpakên dados Ind. Arts. ing C.B.Z. Wèltêprèdhên, Tuwan Mas Sukendar Sukarya, saha ing C.B.Z. Surabaya Tuwan G.H. Rehatta.

Dèrèng dangu sawênèhing asistèn ing kabudidayan Blangkahan (S.O.K.) amratapiamatrapi. paukuman dhatêng satunggiling kuli, wiwit jam 6 enjing dumugi jam 11 siyang kapurih dhedhe kanthi nglugas raga. Jalaranipun kuli wau sampun kamipurun matur dora dhatêng tuwan asistèn, wasana sarêng prakawis punika priksa dening pangadilan, asistèn wau kaluwaran saking sêrêgan, jalaran miturut anggêr-anggêr tumrap tindak makatên wau botên wontên kukumipun. Lo, kok anèh.

Kados ingkang sampun kawartosakên, tuwan gupêrnur ing Makasar botên amarêngakên dhatêng panuwunanipun Tuwan H.O.S. Cakraaminata malêbêt ing Sêlèbês prêlu dados panuntuning konggrès P.S.I. ingkang badhe kawontênakên ing Pare-Pare. Samangke wontên kabar, tuwan pokrul jendral saha parampara prakawis tiyang siti botên kawratan ing bab punika, namung kantun ngêntosi karampunganipun pamarentah. Manawi saèstu kaparêngakên sarta botên wontên pakèwêdipun, Tuwan-tuwan H.A. Salim, M.M. Anwarudin saha A.M. Sangaji ugi badhe anjênêngi konggrès wau.

Wontên pawartos, Tuwan P.J. van Gulik, Gupêrnur Propinsi Jawi Têngah, benjing wulan Juli ngajêng punika badhe lèrèh saking kalênggahanipun, lajêng badhe tindak dhatêng Eropah.

Konpêrènsinipun Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral kalihan para residhèn saha bupati ing Jawi Kilèn badhe kawontênakên benjing tanggal 19 Marêt ngajêng punika.

Dèrèng dangu ing kadhistrikan Grati Kabupatèn Pasuruhan, jawahipun dêrês sangêt ngantos nuwuhakên bêna agêng, langkung-langkung ing parêdèn Tênggêr. Margi antawisipun Pasuruhan kalihan Prabalingga botên kenging dipun langkungi.

--- 271 ---

Sampun wiwit wulan Oktobêr taun ingkang kapêngkêr pulo Plorès ingkang sisih kilèn kaambah ing pacêklik, nanging samangke sampun kathah mêndhanipun, jalaran lajêng angsal bantu têtêdhan saking pamarentah. Saking tanah Jawi sampun kakintunakên turus katela pohung 150.000 sarta ugi sampun wiwit katanêm, punapa malih têtanêmanipun jagung ing ngrika katingal subur badhe sae pamêdalipun.

Wiwit tanggal 4 Marêt ngajêng punika K.N.I.L.M. sabên saminggu sapisan badhe ajêg, nglampahakên mêsin mabur antawisipun Bêtawi kalihan Singgapura. Saking Bêtawi pangkat jam 7 enjing, dumugi Singgapura jam 2.10, enjingipun jam 7 pangkat saking Singgapura, dumugi Bêtawi jam 1.50.

Miturut katranganipun K.N.I.L.M. Ingkang Wicaksana Kangjêng Tuwan Bêsar benjing tanggal 6 April badhe nitih mêsin mabur saking Bêtawi dhatêng Sêmarang, prêlu anjênêngi konpêrènsining para bupati Jawi Têngah ing Wanasaba, tanggal 8 April têrus anggêgana dhatêng Surabaya, prêlu anjênêngi konpêrènsining para bupati Jawi Wetan ing Malang, lajêng tanggal 12 April kondur anggêgana dhatêng Batawi.

Dening Sarekat Ambon ingkang dipun kandhidhatakên kangge Rad Kawula 1. Dr.J. Kayadoe, Ind. Arts. ing Wèltêprèdhên, 2. Mr. Gieben presidhèn landrad ing Ambon, 3. Atica de Queljoe, raja ing Kilang, 4. Dr. Sitanala, dhoktêr ing Sêmarang saha 5. H. Wattimena, tiyang mardika ing Wèltêprèdhên.

Kawartosakên Dr. Kwa Tjwan Sioe saha Mr. Ko Kwat Tiong ada-ada badhe ngawontênakên konggrès tumrap para jurnalis bôngsa Tionghwa sa-Indhonesiah. Mênggah ancas sêdyanipun konggrès wau badhe angrukunakên para jurnalis bôngsa Tionghwa sampun ngantos sami tukar pabên piyambak, saha badhe ambudidaya dhatêng majênging pèrês, Tionghwa sarta pèrês Malayu Tionghwa.

Saking Medhan kawartosakên, ing Bêlawan mêntas wontên warung 13 kêbêsmi ngantos têlas-têlasan. Wontên bôngsa Tionghwa têtiga ingkang ugi manggèn ing warung wau katahan, kadakwa ingkang ambêsmi. Kapitunan kataksir wontên f 15.000.-

Kala tanggal 19 Pèbruari parêpatan Rad Kawula sampun katutup, nanging benjing tanggal 20 Marêt ngajêng punika badhe kawontênakên parêpatan mirunggan, prêlu angrêmbag kontrak K.P.M. kalihan bêgrotêng babagan defensie.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 1683 ing Gondhanglipura. Kintunan sampun katampi. Kuciwanipun dene randhat sangêt, ngantos katêlasan Kajawèn ôngka 10 dumugi 12.

Lêngganan nomêr 2427 ing Nganjuk. Lakar inggih dipun sêtop, jêr kula botên wani nêrak wêwalêring kumisi Bale Pustaka. Nyumanggakakên.

Lêngganan nomêr 131 ing Ngayogyakarta, pos wisêl f 6.- sampun kula tampi. Nuwun.

Lêngganan nomêr 1843 ing Pasir Kidul, pos wisêl f 6.- sampun kula tampi. Nuwun.

Lêngganan nomêr 1726 ing Kasin Kulon. Lêngganan wiwit 1-2-'30.

Lêngganan nomêr 2062 ing Rèndhèng. Lêngganan wiwit 1-2-'30.

Lêngganan nomêr 869 ing Sala. Sadhèrèk K 4370 sampun dipun sêtop, awit dèrèng nyêkapi wajibipun. Adrès panjênêngan sampun kula owahi. Kajawèn ingkang kapundhut sampun têlas.

Pawartos

Ngaturi uninga dhatêng para maos, sarèhning benjing dintên Rêbo tanggal kaping 5 Marêt ngajêng punika nglêrêsi dintên ingkang cêlak kalihan dintên riyadi, Kajawèn kaajêngakên wêdalipun, karangkêp kalihan wêdalipun Kajawèn dintên Sabtu tanggal 1 Marêt, awujud Kajawèn nomêr lêbaran.

Dados Kajawèn ingkang lêrêsipun mêdal ing dintên Rêbo kasêbut nginggil botên kawêdalakên.

--- 272 ---

Wêwaosan

Rara Rêjêki

Karanganipun Radèn Lurah Sastrayagnya ing Surakarta

15

[Sinom]

wusing nata manglocita / mèsêm angandika aris / kalingane putraningwang / mring wana ngupaya rabi / dhuh kulup putra mami / wong bagus mungguh aturmu / Si Marwati rêtnèng dyah / rèhning wus padha sêtya sih / sira suwun lastarine dadi garwa //

sun dahat mangayubagya / nanging putraku wong sigit / aku wèhana katrangan / kang rada dawa sathithik / wêruhmu Si Marwati / nandhang sangsara binedhung / dening raja siluman / tumêkèng sira tulungi / myang sêtyane mring sira gêlêm ginarwa //

sapa kang dadi lantaran / minôngka panuduh margi / prêlune mung ingsun karya / pangarêm-arêming ati / radyan matur wotsari / lêrês dhawuh jêng pukulun / rêmbag sayêktinira / lantaran panuduh margi / mokal lamun lêlakon tanpa sarana //

dhuh rama kauningana / kang asung pituduh nguni / pun jalak seta punika / nadyan jalak bôngsa paksi / ywanjana tata janmi / myang undhagi ngikêt têmbung / purwane jalak seta / suwita mring awak mami / duk nèng wana nalikarsa amba panah //

sêsambat lir calapita / aminta ywa dèn pêjahi / sanggêm suwita mring amba / sêtyane sabaya pati / amba wêlas ningali / amba tampi switanipun / nulya pamitan kônca / mring wana antukirèki / awêwarta jro wana wontên wanodya //

sangsara dahat aminta / sintên kang sagêd nulungi / ngêntas saking sangsaranya / prasêtyane sanggêm nyèthi / kalampahan wak mami / anulungi mring dyah ayu / makatên purwanira / sang nata karênan galih / sarwi nabda: kalingane jalak sira //

minôngka cacongkokira / Marwati lan putra mami / pintêr têmên jalak seta / ngumpulke anyanyongkoki / bangêt tarima mami / tak pêpuji sira besuk / bisa antuk kamulyan / lêstari sira kinathik / lan putrèngsun gustimu Radyan Sujana //

jalak matur anoraga / dhuh gusti timbalan aji / amba pundhi ing mastaka / mugi-mugi anètèsi / sadhawuhira gusti / antuk kamulyan linuhung / nata karênaning tyas / mèsêm angandika manis / mring Marwati: Dhuh dhuh nini putraningwang //

aywa rikuh nèng prajèngwang / mapan wismamu pribadi / ing praja Banjaransêkar / duwèke lakinta nini / sang dyah matur wotsari: / kawula umatur nuhun / sakêthi tanpa nyana / kawula prapta ing ngriki / dahat bêgja ginarwa ing putra nata //

sang nata malih ngandika / dhawuh mring narpagarini / ni mbok ratu putranira / Si Nini Dèwi Marwati / jakên lumêbèng puri / minôngka panyêngkêripun / ri Soma Manis ngarsa / lamun sira nayogyani / sun dhaupkên lan putramu Si Sujana //

bawahan binarêng pisan / si kulup ingsun sèlèhi / kaprabon jumênêng nata / nèng praja Banjaransari / sang sori rênèng kapti / sarwi nabda: Dhuh wong ayu / Marwati lumêbua / kadhaton dhèrèka mami / kang sinabdan sandika nulya tut wuntat //

manjing jroning dhatulaya / nahên ta wau sang aji / nimbali pêpatihira / tan dangu sang nindya mantri / sowan ing byantaraji / silanira makidhupuh / muka konjêm bantala / sang nata ngandika aris / gaibing rat andadèkna wêruhira //

dina Soma Manis ngarsa / ingsun arsa ambawahi / gustimu Radyan Sujana / dhaup lan Dèwi Marwati / pêparinge Hyang Widhi / tata-tataa sirèku / rêrênggan kang prayoga / ywa kongsi anguciwani / jroning praja rêngganên ingkang prayoga //

urut marga pasangana / ombak banyu janur kuning / miwah rontèk pare mudha / nèng kiwa têngêning margi / watêsing kutha patih / prayoga pinasangan krun / rinêngga dening buntal / umbul-umbul kanan kering / pucaking krun mawa bandera tri warna //

korining pura dêgana / gapura binlêbêt mori / mawa rinêngga ing buntal / daluwang abang lan putih / pasangana ting lilin / supadya abyor dinulu / ing pucak pasangana / bandera abang lan putih / tur sandika nindya mantri gaibing rat //

gya mêdal dhawuh mring wadya / sadhawuhira sang aji / pakaryan kinon gêlakan / pininta-pinta ing kardi / wagêde nindya mantri / tri dina rêrênggan rampung / sang patih tur uninga / rêrênggan praja myang puri / sampun sagêd samêkta rampung sadaya //

sang nata karênaning tyas / cancute sang nindya mantri / wasana lon sabdanira: / patih sira sun tuturi / besuk ri Soma Manis / bakal prêlune gustimu / ingsun barêngi pisan / nyèlèhke kaprabon mami / mring gustimu pangantyan Radyan Sujana //

mula sarat prantènana / rong prangkat ywa kongsi lali / saprangkat sarat pangantyan / saprangkat adêgiraji / pra pandhita wêwasi / jêjanggan myang uluguntung / ngulama myang suhada / padha timbalana sami / tur sandika gaibing rat gya utusan //

nêngna wus praptaning dina / prêlu pangantèn kêkalih / wus rampung dènnya busana / pra tamu pêpak wus prapti / nulya binayangkari / pangantèn putri myang kakung / môngka têtêp dhaupnya / Dyan Sujana lan Marwati / kinurmatan rame umyunging pradôngga //

drèl mariyêm pangurakan / sinêlan drèling prajurit / sirêping drèl pakurmatan / pangantèn kakung gya mijil / kinanthi sang narpati / jumênêng ngajênging tamu / sang nata sora nabda: / pra wadya punggawa mami / sêksènana sun sèlèh kaprabon ingwang //

mring sutaningsun Sujana / ing mangkya Sujana dadi / nata ing Banjaransêkar / yèn ana kang mêmalangi / yêkti ing mêngko dadi / satru miwah mungsuh ingsun / pra wadya myang punggawa / nêmbah samya saur paksi / ing sakarsa nata abdine sumôngga // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]