Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-04, #1645

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1930, #1645
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-01, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #354.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-02, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #355.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-03, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #356.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-04, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #357.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-05, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #358.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-06, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #359.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-07, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #360.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-08, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #361.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-09, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #362.
10.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-10, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #363.
11.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-11, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #364.
12.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-12, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #365.

Ôngka 27, 3 Dulkangidah Taun Ehe 1860, 2 April 1930, Taun V

Kajawèn

[Iklan]

--- [417] ---

Ôngka 27, 3 Dulkangidah Taun Ehe 1860, 2 April 1930, Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Tanah Karo, Sumatra

[Grafik]

Sampun dados adat wêwatakanipun maesa punika rêmên gupak ing êndhut utawi kungkum wontên ing toya, ing nginggil punika gambaripun maesa-maesa sawêg lêlumban wontên ing toya bêning ing tanah Karo.

--- 418 ---

Pawartos Sanès Praja

Manusa Mêsin

Sambêtipun Kajawèn nomêr 26.

Wontên malih robot ingkang sangêt anggumunakên, ingkang dèrèng dangu sampun kacoba wontên ing satunggiling kantor bang agêng ing Inggris. Robot punika sagêd angladosi têtiyang ingkang sami gadhah kabêtahan kalihan kantor bang, wiwit tampèn-tinampèn cèk, ngantos sadumuginipun damêl pêpetangan tuna bathi. Nyambut damêlipun titi sangêt, botên nate lêpat. Manawi damêl pêpetangan môngka lêpat, robot wau mogok, botên purun lumampah. Manawi dipun bikaki pirantosipun, lajêng wontên sêratanipun, ôngka abrit, inggih wontên ing ngriku punika kalêpatanipun. Ingkang anjagi mêsinipun cêkap namung nonah kalih, ewadene panyambutdamêlipun robot nyamèni kalihan garapanipun tiyang (punggawa) sakawan. Wohing panyoba punika namung nuwuhakên was sumêlangipun para punggawaning kantor bang, kuwatos manawi badhe kecalan padamêlan.

Minôngka dados panutuping andharan, kados prêlu kapratelakakên kadospundi pamawasipun Tuwan Mr. Robert E. Martin. Tuwan punika cariyos makatên:

Samangke jaman robot sampun badhe lair wontên ing sêsrawungan kita sadaya. Ananging punapa têgêsipun kamajêngan punika. Manawi kathah padamêlan ingkang kenging katindakakên, punapa botên damêl sangsaranipun tiyang kathah. Sopir motor: robot, nata lampahing tumpakan manawi wontên karamean inggih robot, ingkang dados jongos, koki lan rêrêsik griya, sadaya robot.

Mirid punika, kapitunanipun sampun cêtha, badhe kathah têtiyang ingkang kêdhêsuk papan panggaotanipun. Dene jaman robot punapa badhe sagêd anjalari karaharjan utawi kauntunganipun manusa, yêktosipun namung sagêd kajawab: bokmanawi.

Satunggiling insinyur ing New York Edison Company gadhah pamanggih makatên: manawi manusa mêsin sampun limrah dipun angge, têtiyang badhe sagêd luwar saking padamêlan ingkang awrat. Manusa piyambak badhe angsal wêkdal ingkang ombèr kangge manah padamêlan ingkang ènthèng-ènthèng, nanging prêlu. Mila sampun sami kuwatos badhe kadhêsêk panggaotanipun, malah kaanggêpa kadosdene rencang ingkang kenging kapasrahan padamêlan awrat-awrat. Manawi kathah tiyang ingkang sugih wêkdal kangge manah pandamêl ingkang prêlu-prêlu, badhe sagêd angsal kasênêngan ingkang nocogi kalihan idham-idhamanipun.

Mirid katrangan ing nginggil punika, pamawasipun dhatêng munculipun robot ing dalêm bêbrayan gêsang, wontên ingkang mastani sae wontên ingkang mastani awon. Ingkang kenging kangge panimbang saèstu, prayoginipun manawi mawi wêwaton jaman mêsin. Jaman [Ja...]

--- 419 ---

[...man] ingkang kita idaki samangke punika jaman mêsin, uwohipun sagêd andhêsêk papan panggaotan, kathah para bau suku ingkang sami botên angsal padamêlan, jalaran saking kathahipun panggaotan ingkang migunakakên kêkiyatan mêsin.

Sanajan racakipun dèrèng sapintêna padamêlan ingkang katindakakên kanthi mêsin, ewadene ing saindênging bawana kathah tiyang nganggur ingkang botên angsal padamêlan. Saya ing nagari Inggris, saking kathahipun têtiyang angguran ingkang botên sagêd angsal padamêlan, ngantos nguwatosakên dhatêng katêntrêmanipun praja.

Nalika dèrèng wontên mêsin, padamêlan ingkang kagarap tiyang maatus-atus sawêg sagêd rampung, nanging sarêng sampun modhèl kagarap mêsin, padamêlan wau cêkap kagarap tiyang sawatawis kemawon, inggih punika ingkang anjagi pirantosing mêsin. Jalaran saking makatên, murugakên kathah tiyang angguran pintên-pintên. Makatên ugi badhe gagragipun robot, uwohipun tamtu badhe mêwahi kathahipun tiyang ingkang nganggur. Saking anggènipun para kaum bôndha ngutamèkakên dhatêng pirantos mêsin, lacuting anggènipun sami mastani, bilih darajatipun kaum bau suku punika wontên sangandhapipun mêsin. Yêktos lan botênipun kasumanggakakên dhatêng para maos.§ Ingkang sampun katingal, ing bab kamajênganing mêsin, têtela nyêngkakên ringkih tuwin kasantosan, kados ta karingkihaning kuli pabrik gêndhis, ingkang rumiyin gêsang saking ngangkati ampas têbu, lajêng kandhêg dening sarêng wontên mêsin kangge ngangkati ampas wau, punapa pikantukipun botên ngosokwangsul balêjêd.

K.M. Sasrasumarta.

[Grafik]

Ing sisih punika gambar dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Kangjêng Susuhunan ing Surakarta sakalihan Gusti Kangjêng Ratu Mas, saha putri dalêm R.A. Sêkar Kadhaton, nalika rawuh ing Tawangmangu, wontên ing pasanggrahanipun Tuwan Kwik Cin Gwan, kapitan Tionghwa ing Surakarta.

--- 420 ---

Bab Tanêman

Sata Krosok

Para maos têmtunipun sampun sami priksa sata krosok. Sata krosok punika sata lêmbaran ingkang dipun garingakên, nanging botên cêkap garing kemawon, wontên sarananipun malih sagêdipun nama krosok sae. Ingkang bêtah sata kados makatên punika nagari ngamônca, kados ta: nagari Walandi, nagari Dhitslan, Amerikah lan kathah malih, ingkang agêng-agêng pabrikipun srutu, jalaran sata wau pancèn badhe kangge srutu, ingkang sae kangge tapihipun, sanèsipun ingkang kasar-kasar kangge isèn ing nglêbêt, milanipun ingkang mêdal saking tanah Indhonesiah ewonan bal, amargi saking punika sagêd dados panggaotan agêng. Ing tanah Jawi kabudidayan sata kados makatên wau inggih kathah, ing Surakarta, Ngayogyakarta lan sanès-sanèsipun, nanging ingkang agêng piyambak gadhahanipun fa. Birnie ing Jêmbêr, mèh saapdhèling Jêmbêr dados wêwêngkonipun sadaya. Ing tanah Sumatra kathah sangêt, awit papanipun têksih lêga, ingkang misuwur agêng piyambak gadhahanipun Deli tabaksmaatschappij, bêbasanipun ing sakurêbing langit botên wontên ingkang nyamèni. Bab punika sagêd nguningani saking kathahing punggawanipun. Pintên èwu tiyang Jawi ingkang kausung mriku, punika sadaya badhe nyambut damêl tumrap sata. Têtiyang wau sêbutanipun malêbêt Dhèli.

Mangsuli rêmbag ing ngajêng, sata krosok ingkang klêbêt dhatêng pabrik srutu punika kêdah ingkang sae, botên kados krosok damêlanipun sadhèrèk dhusun ingkang sami dipun sadèni dhatêng pacinan punika, punika botên kangge, awit taksih mêntah. Sata krosok ingkang sae punika panggarapipun kados kasêbut ing ngandhap punika:

Sata ingkang nêmbe angsalipun mêthik kêdah dipun garingakên rumiyin, caranipun kabudidayan sata agêng, kêdah kaupakara wontên ing gudhang jawi, inggih punika gudhang-gudhang ingkang pating plêncat wontên ing patêgilan sata, punika adamêl rancaging padamêlan, gampil anggènipun anglêmpakakên, awit sata têlês punika kathah godhanipun, upaminipun: botên kenging kambêtan toya jawah lan sanès-sanèsipun malih. Lêmbaran ugi kêdah kajagi sampun kêmèk ing tangan, punika ing têmbe, dadosipun pating blêntong, punika dados awoning sata. Awit ingkang punika ingkang kenging kaêmak-êmèk supados botên dados awoning sata kajawi namung gagangipun. Wontên ing gudhang sata-sata wau lajêng dipun rèntèngi nyèkêt-nyèkêt, tangsulipun rami, ingkang dipun coblos gagangipun, lajêng dipun pênthèng ing dêling wuluh utawi kajêng rancak ingkang panjangipun kintên-kintên 6 kaki. Sakaki kiwa têngên dipun lowahi, awit punika badhe tumumpang ing panggenan ingkang sampun dipun tata kangge narang wontên salêbêting gudhang. Yèn ing môngsa têrangan jandhela-jandhela dipun bikak wiwit [wi...]

--- 421 ---

[...wit] jam 4 sontên dumugi jam 10 enjing, punika mamrih kapanduk hawa bêntèr sawatawis lan hawa asrêp saking êbun. Yèn kathah jawah botên kenging ngêblag jandhela, mangke klêbêtan utawi kêtampon toya jawah, punika dados risaking sata, pramila yèn tansah kapambêng kathah jawah lajêng nyêthikakên latu bêdhiyang ngantos pintên-pintên pêthuthuk, namung dipun angkah ngukusipun, punika sagêd dados garinging sata lan botên dados sônggarunggi. Wontên ing gudhang ngriku sakintên sawulan sampun cêkap garingipun, wasana lajêng dipun andhapakên, dipun untingi nyèkêt-nyèkêt lêmbar ugi. Wontên ing gudhang agêng, gudhang imbon, dipun tata jèjèr-jèjèr, kadamêl tumpang tindhih, wontên ing jrambah mawi lèmèk gêlaran bôngka. Ing satumpuk-tumpukan wau katata sae, kadamêl pasagèn ambata. Ing satumpuk-tumpukipun kêdah isi sata 15 dhacin. Sata ingkang nêmbe garing lajêng dipun tumpuk punika hawanipun bêntèr, pramila kêdah kajagi sampun ngantos kobong. Pirantos kangge mriksa botên sanès namung thermometer. Yèn bêntèripun anglanjak 40 grad lajêng kadhudhah dipun waliki pisan, sarampungipun kêdah kawangsulakên malih, nanging kalih tumpukan kadadosakên satunggal, makatên salajêngipun ngantos dados tumpukan ingkang isi 500 dhacin, punika manawi kintên-kintên sampun nêm wulan laminipun lan sampun dados, sagêd kasumêrêpan bêntèripun sampun mandhap-mandhap. Wa-

[Grafik]

Tanêman sata ing Dhèli.

--- 422 ---

sana lajêng kadhudhah, dipun pilihi, dipun pinta-pinta sabôngsa-bangsanipun, jalaran wontên ingkang warni abrit, ijêm, tutul-tutul, wiyar ciyutipun, nomêr-nomêripun, lan sanès-sanèsipun, punika wau sadaya botên kirang saking 48 warni, lajêng dipun mèrêki mawi aksara ingkang sampun dipun umumakên, prêlunipun adamêl gampiling urusan, lan sarampungipun lajêng dipun êbal kabungkus ing gêlaran bôngka ingkang sae, punika botên dados karisakan ngantos dumugi ing êndon.

Rêgining krosok sae tikêl kaping sêkawanipun sata rawisan, pramila sanadyan wragadipun agêng, inggih tansah dados kauntungan agêng, sampun namung dumugi samantên andharan kula.

Sumadi.

Eman dene padagangan ingkang kados makatên punika dèrèng baku dados pakaryanipun tiyang siti. Red.

Jagading Wanita

Bab Lêstantunipun Wayuh

Dèrèng dangu punika Aneta martosakên saking Pordhêkok ing bab putusanipun konggrèsing pakêmpalan Ngaisiyah, ingkang dipun jênêngi kirang langkung dening wanita 4000, inggih punika, bilih pakêmpalan kasbut nginggil, botên nayogyani dhatêng icalipun wayuh. Sasampunipun punika, kula sabên dintên lajêng tansah ambiyaki pintên-pintên sêrat kabar, prêlu kêpengin nyumêrêpi mênggahing pamanggihipun sêrat-sêrat kabar ing bab punika, nanging dumuginipun samangke, kados-kados sawêg sêrat kabar Keng Po ingkang purun anglairakên pamanggihipun, dene sanès-sanèsipun sami kèndêl tanpa sabawa punapa-punapa. Awit saking punika, gagasan kula lajêng saya anglangut, sarta lajêng kemutan dhatêng paribasan Walandi ingkang mungêl makatên: Wie zwijgt, stemt toe, têgêsipun, manawi kula botên kalintu: sapa sing mênêng, tôndha rujuk. Lo, kula botên mastani, bilih para kakung sadaya sami rujuk dhatêng putusanipun pakêmpalan Ngaisiyah wau, awit ing jaman samangke punika sampun wancinipun sadaya sami ngudi dhatêng ajênging siti wutah rahipun, sarta inggih lajêng sami rujuk dhatêng icaling padatan ingkang sampun botên mathuk kalihan jamanipun, amila sakathahing para kakung, sanadyan ing batos rujuk, e, nas, klintu kula, kula badhe matur: sanadyan ing batos botên rujuk dhatêng icalipun wayuh, nanging ing sarèhning ingkang anglairakên botên rujukipun wau para wanita, dados para ingkang badhe nglampahi piyambak mênggahing susahipun, amila inggih lajêng rikuh badhe ngandharakên pamanggihipun ingkang sêjati. Ewadene ing ngriku kula kalilana matur sakêdhik dhatêng para kakung, ingkang sami condhong dhatêng putusanipun pakêmpalan Ngaisiyah wau, sampun kok lajêng bingah-bingah sarta kaulan, sagêdhagan kemawon mêndhêt garwa kalih utawi tiga malih, nanging krêsaa angga-

--- 423 ---

[Grafik]

Gambar ing nginggil, têtiyang kathah kêmpal wontên ing Rookmakersplein mirêngakên maos Kuran. Ngandhap kiwa, para pangarsaning Muhamadiyah. Têngên, para pangarsaning wêwakil Aisiyah.

--- 424 ---

gas ingkang saèstu mênggah sêdyanipun para wanita Ngaisiyah ingatasipun putusan kasbut nginggil. Mênggahing kula, para wanita Ngaisiyah sami botên rujuk dhatêng icalipun wayuh, punika tumrap para kakung pancènipun botên wajib bingah, nanging malah kêdah wêlas dhatêng para wanita, dene samantên lêlabêtanipun para putri anggènipun badhe anjagi lan angrêksa kawilujênganing para kakung. Dados botên rujukipun wau, kenging dipun wastani satunggiling pangrêksa. Kaparênga ing ngriki kula ngandharakên pamanggih kula sawatawis ingkang kintên-kintên dados sabab botên rujukipun pakêmpalan Ngaisiyah dhatêng icaling wayuh wau, ingkang kula wastani satunggiling pangrêksa utawi panjagi. Nanging sadèrèngipun kula jangji, lo, para kakung sampun guru-guru lajêng bêgita-bêgitu, krêsaa anggagas ingkang sayêktos.

1e. Ing agami Islam punika prasasat botên wontên dosa ingkang ngungkuli agêngipun kadosdene: jina. Para wanita punika sami mangrêtos, bilih kathah-kathahing para kakung sami botên sagêd ngampah dhatêng kridhaning hawa napsu. Manawi lajêng kapêsthèkakên, bilih tiyang jalêr namung kenging semah satunggal, ingkang kadhangkala sok sagêd manggih sêsakit lan sasaminipun, punika pun kakung lajêng sagêd kêmba, dene botên sagêd nuruti hawa nêpsunipun wau. Sarana nglêstantunakên wontênipun wayuh, para wanita badhe anjagi sampun ngantos para kakung kêmba ing manah, ingkang anjalari lajêng nêrak dosa agêng kasbut nginggil.

2e. Sarana nglêstantunakên wontênipun wayuh, kaum putri badhe anjagi sampun ngantos para kakung nuruti hawa napsunipun ingkang sarana botên absah, ingkang anjalari wontênipun têtiyang, manawi kêdah kacathêt ing bêgêrlêkêsêtan, upami lajêng makatên wangsulanipun: biyung: Minah, bapa: onbekend (botên kasumêrêpan).

3e. Sarana nglêstantunakên wayuh, para wanita sagêd anjagi saliranipun piyambak. Sabên tiyang jêjodhoan, punika sami kêpengin anggadhahi turunan. Manawi dilalah semahipun gabug, saking adrênging tiyang jalêr kêpengin gadhah turunan, semah wau rak gampil dipun bucal, manawi wayuh botên dipun kengingakên. Nanging manawi wayuh taksih dipun lêstantunakên, tiyang èstri rak lajêng botên badhe dipun pêgat kemawon.

4e. Manawi wayuh lêstantun, wanita sagêd anjagi kasarasanipun, awit lajêng nyumêrêpi sadaya semahipun ingkang jalêr. Ingkang makatên punika sagêd ambudidaya anêbihi sêsakit ingkang botên limrah. (Dene wontên tiyang jalêr, sanadyan semahipun sampun maksimêm, nanging wontên jawi taksih this-thisan, punika kula botên sagêd matur).

5e. Agami Islam punika lêrês ngengingakên tiyang jalêr semah ngantos sakawan, nanging tumrap tiyang Islam ingkang sêjati, têmtu awis ingkang purun anglampahi, awit jalaran saking angèling pranatan, kados ta: kêdah adil ing samukawis, inggih ing katrêsnan, bôndha lan sanès-sanèsipun.

Sampun samantên kemawon. Cêkaking sadaya atur kula ing nginggil, kula namung badhe urun rêmbag, bilih anggènipun pakêmpalan Ngaisiyah anggadhahi putusan ingkang makatên punika, têmtu botên namung sêbaènipun kemawon, nanging kintênipun [kintên...]

--- 425 ---

[...ipun] inggih wontên sabab-sababipun ingkang wigatos.

Samangke lajêng tuwuh pitakenan ing sanubari kula makatên: manawi konggrès wau dipun wontênakên ing tanah Jawi, punapa inggih badhe kalampahan putusaning konggrès kados wontênipun ing konggrès Pordhêkok wau, bab punika: walahualam. Môngga samangke ngandharakên sakêdhik pamanggihipun tiyang ingkang botên condhong dhatêng wontênipun wayuh. Punika makatên:

Miturut dêdongengan, punapa malih mirid suraosing sêrat-sêrat babad, kados botên wontên bôngsa ingkang luhur drajatipun, jalaran têtiyangipun sami wayuh. Kaprahipun tiyang ingkang sagêd anggadhahi turun utami, punika inggih tiyang ingkang abojo namung satunggal. Ing môngka panggayuhipun jaman, sadhengah tiyang punika sami kapengin anggadhahana turun ingkang utami. Lah kadospundi sagêdipun kalêksanan panggayuhipun, bilih tiyang jalêr botên sagêd angêndhakakên kamurkan utawi ardaning manahipun.

Tumrap lampahing pamarsudi kautamaning wêwatêkan utawi panggulawênthahing lare, bab wayuh punika inggih nama angrisakakên, sumôngga, limrahipun lare ingkang dados anakipun tiyang wayuh, punika rak tamtu nyumêrêpi kawontênan ingkang tansah ngrisakakên wêwatêkan lan bêbudèn, wusana dados dhêdhasaripun.

Saening kawontênanipun tiyang sagolongan utawi saturunan, punika kêdah namung amujudakên kawontênan ingkang golong. Murih sagêdipun sagolong inggih kêdah botên wontên lêlampahan wayuh wau, ingkang kaprahipun botên sagêd damêl têntrêming tiyang lakirabi.

Ewasamantên sadaya wau, kula namung pasrah dhatêng para maos.

Sumantriyah.

Pawartos saking Administrasi

Ngaturi uninga dhatêng para lêngganan Kajawèn, administrasi Kajawèn sampun ngintuni pos wisêl kothongan kados adat, kangge pambayaran kuwartal kaping kalih, nanging pangintunipun botên kasarêngakên wontên ing Kajawèn, kakintunakên piyambak.

Ingkang punika, tumrap para lêngganan ingkang dèrèng ambayar, satampinipun pos wisêl wau, lajêng kaparênga ngintunakên arta sakêdhik-sakêdhikipun f 1.50-

Tumrap lêngganan ing tanah Jawi kasarantosakên dumugi tanggal 15 April, dene tumrap sajawinipun tanah Jawi dumugi tanggal 30 April. Langkungipun saking titimôngsa wau, manawi dèrèng ngintunakên arta, badhe botên kakintunakên Kajawèn malih.

Administrasi.

--- 426 ---

Waosan Lare

Rêbutan piandêl

[Gambuh]

Ana jago kaluruk / pangrasane kaya wong wis gambuh / ing têgêse kaya uwong sing wis ngrêti / wêruh samubarang rêmbug / lan ngrêti mênyang pakewoh //

yèn nuju bangun esuk / wis nyuwara bêg-bêg kuku kluruk / duwe têgês wong-uwong padha kon tangi / dipênging ngalepus turu / iku jênêng ora ilok //

anggêpe jago mau / sapa bae ora kêna nyundhul / rumasa yèn dhèwèke anggêgirisi / watake sing ngono mau / akèh liyane sing mlorok //

dene sing bangêt mêsgul / êmung kucing sing suwita kumpul / sajakane si jago anglêlanangi / kuwi tansah gawe murub / ati ora kêndhat kobong //

nuju ing wayah esuk / kêbênêran si kucing kêpêthuk / jago nuju ana nglatar ngaring-aring / kucing mara thumuk-thumuk / karo saradan ambêkos //

jago anjingkat mundur / karo muni: ora wêruh ngêdur / têka-têka banjur nincingake kuping / mêngko tak thothol êndhasmu / sida sambat êmbok-êmbok //

kucing alon calathu: / wis mangkono wong watak amlunthu / yèn notholi tak bêkuk gulumu cêklik / môngsa anjaluka banyu / iwakmu mopol digodhog //

nanging jago karêpku / gonku mrene ora arêp padu / mung yèn dhangan arêp têtakon sathithik / genea kowe gumêndhung / tur padha ingoning uwong //

jago mung manthuk-manthuk / disêlani kablak lan kaluruk / ing wusana mangsuli ngewakke ati / wong kowe kusir dhapurmu / bisamu mung ngeyang-ngeyong //

kowe rak iya wêruh / gaweanku beda karo buruh / rina wêngi awakku mung dilêlinthing / prêlune arêp diêdu / tur iya nganggo gêdhèn toh //

yèn bêngi aku tungguk / ora kêndhat aku tansah kluruk / kang atêgês mêlèk anyabawa bêngi / tur sabên ing wayah esuk / aku wis nganglangi kêbon //

kucing ambêkis sêru / clathumu mung supaya digugu / ing larase kaya êbèn diarani / mung salugune kêliru / uripmu mung dadi lakon //

rungokna ta tak tutur / mung supaya kowe aja nglantur / ing têgêse jago mungguh kowe kuwi / rumasa dadi gêgêdhug / dibotohi dening uwong //

O, aku wêlas cubluk / watêkanmu gampang dikuk-êngkuk / dhêmên tarung karo karabatmu pitik / mênanga ya digêguyu / tur labuhmu ora ketok //

bokya nyawang wulumu / nganti êntèk tinêmu barundhul / kêkèrène mung ketok pating kalêcir / brutumu nganti mênthungul / nglênga ketok mêlong-mêlong //

lakonmu ngono mau / apa iya jênêng watak labuh / awak dhewe nganti agombal nyaranthil / tur nèh jago iku durung / nêmoni pantoging lakon //

ta titènana besuk / yèn awakmu uwis ora kukuh / ora wurung dipasrahake pak ngali / gon [go...]

--- 427 ---

[...n] andongani gulumu / srèh gurèh sir anyir mopol //

uwong wis ora rikuh / nadyan alot iwakmu ya êmbuh / awit bisa srana digodhog lan bêling / iwak banjur bisa mumut / êmung lap-lêp kari ngêmplok //

beda karekaro. uripku / mung narima satibaning pandum / mula uwong mênyang aku bangêt asih / tur aku anjagi tikus / sing dadi satruning uwong //

jago nalika ngrungu / sêrik bangêt nganti arêp ngabruk / banjur muni: jênênganmu bae kucing / sajêgmu watak calimut / wirang isin rada adoh //

mulane darajatmu / tansah èndhèk trima ngambus-ambus / urip kojur mung narima dipyur-pyuri / mula atimu mênjêlut / wêruh uripku mêthongkrong //

kucing mangsuli êmbuh / durung mêsthi kowe apa aku / sing uripe êmung tarima nênêmpil / jago banjur bangêt nêpsu / kucing dikabruk mak ngeyong //

ananging rêmbug mau / suwe-suwe dadine tinêmu / iya kuwi barêng jago wis bêrindhil / digawa nyang ênggon kaum / gulune dikon anggorok //

kucing rumôngsa unggul / pêthèke ing biyèn uwis thukul / nyata bangêt yèn wong têgêle ngluwihi / unine kucing kêwêtu / angèl wong ngawula uwong //

[Grafik]

…bokya nyawang wulumu, nganti êntèk tinêmu barundhul.

kucing tansah nyêkukruk / polatane tansah ketok ngantuk / mung irunge tansah mambu slênthang-slênthing / ya iku ambune ingkung / iwak jago sing wis mopol //

nuli ketok diusung / disèlèhke ana bangku dhuwur / sanalika kucing banjur liru pikir / barêng kêlimpe mak clurut / cèwêl ingkunge digondhol //

kono ana sing wêruh / wela kono-kono ingkung-ingkung / kêtututan si kucing dibêdhil jêblis / sanalika amrêkungkung / gumlethak mati ing ênggon //

uwose dongèng mau / mung digawe anglimbang panêmu / mungguhing wong ngawula sok rêbutan sih / nanging durung mêsthi tulus / tinêmune sami mawon //

--- 428 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Candhakipun Kajawèn ôngka 26

Petruk: Kang Garèng, kaya-kaya wis cukup anggonku gawe wawasan apa sing tak sumurupi utawa tak alami ana ing Surakarta sajroning limang dina. Sauwise aku banjur bali mênyang Magêlang manèh prêlu mêthuk pramèswariku makne Si Kamprèt. Ing sarèhning aku rumasa sayah bangêt jalaran saka anggonku sênêng-sênêng ana ing Surakarta, niyatku arêp ngaso ana ing Magêlang kira-kira limang dina.

[Grafik]

Garèng: We, hla, sêmbrana, arêp ngaso kok jalaran sayah saka anggone mêntas sênêng-sênêng. Ora, Truk, ing sarèhning kowe wis rada lawas ninggal Magêlang, mungguh pamawasmu sajroning limang dina kuwi kêpriye, katone kutha Magêlang maju apa mundur.

Petruk: Mungguhing wawasanaku sajroning limang dina mau, kaya-kaya kutha Magêlang iya katon maju bangêt, apa manèh para priyayine, kaya ta: para priyayi akèh sing padha nyantri.

Garèng: Wah, pancèn iya pêng-pêngan, ing sarèhning priyayi kuwi dadi panuntun, utawa manèh dadi kaca bênggalaning para kang dituntun, iya wis mêsthine kudu gêdhe pangudine marang kautamaning wong ngaurip. Apa manèh sing katon maju.

Petruk: Para priyayi katon maju bangêt ing bab: dhomino lan bakaran, nganti akèh, sing upama jarita awujud pola.

Garèng: Wadhuh, iya pêng-pêngan manèh. Samono abote wong dadi panuntun, têmtune iya ora kêna mung ngudi saêbab bae, sêsurupan lan kawruhe iya kudu sing jêmbar lan warna-warna, prêlune cikbèn bisa mêncala putra mêncala putri, têgêse: wong dadi priyayi kuwi kudu bisa kumpul sadhengahing uwong, iya: santri, sudagar, gêntho lan sapiturute. Karo manèh wong dadi priyayi kuwi rak kudu bisa nêtêpi prajane. Apa manèh Truk, sing katon maju.

Petruk: Anane kumpulan kopêrasi sing diêdêgake dening para priyayi katon maju bangêt, buktine: prasasat ora ana warga sing ora utang.

Garèng: Wah, saya mundhak pêng-pêngane. Awit ing kono nuduhake kautaman rong prakara. 1e. para priyayine isih kêna diarani: [d...]

--- 429 ---

[...iarani:] credietwaardig têgêse isih padha dipracaya ing utang, 2e. para priyayine padha nguningani, sanadyan akèha pisan utange, nanging anakane isih nang kanthonge dhewe, ora mutah-mutah nyang wong liya.

Petruk: Kajaba kuwi, Kang Garèng, para priyayi uga padha maju marang kagunan lan krawitan. Buktine: nalikane aku nang kana, kabênêran wiyosane si rama, mulane banjur nganakake sitêr sapasindhène pisan. Sanadyan iki mung aran cilik-cilikan, ewadene priyayi sing padha mrêlokake rawuh, iya ora kurang saka 30. Ing kono saking anggone ngêmatake unining gamêlan utawa pangêliking waranggana, nganti sidhêm prêmanêm ora ana unèn-unèn apa-apa, kajaba swara tibaning: cêplik lima, utawa kasut, lan ngas, sarana disêndhoni unèn-unèn mangkene: dhom, labas, tripêl ...

Garèng: We, hla, saya pêng-pêngan manèh. Awit ing kono para priyayine padha bisa ambedakake kang aran dhinês lan partikêlir. Têgêse: yèn lagi dhinês, iya kudu ditêmên-têmênake anggone nindakake pagaweane, kosok-baline sajêroning partikêlir, yèn lagi sênêng-sênêng upamane, iya kudu diêmat-êmatake sing têmênan. Ing môngka nikmat-nikmating wong sênêng-sênêng ora ana sing ngungkuli kayadene wong main sinambi ngrungokake nguyu-uyu. Wis unining gamêlan pating klênyit, suwaraning pasindhène urut usuk, kawuwuhan krêtune lagi urip, ambok ya sadulure adoh têka niliki, iya mung dipringake bae, mara, apa ora jênêng pêng-pêngan, ingatase priyayi iku pagaweane akèh lan ngrêkasa, ewadene isih anduwèni wêktu kanggo ngêmatake sênêng-sênênge.

Petruk: Ora Kang Garèng, dak rasak-rasakake omongmu kiyi sajake kok ora barès, apa ya ambênêrake, apa ambalondrongake.

Garèng: Mêngkene Petruk, sawênèhing wong kuwi sok kêsusu banjur anacad tindaking liyan kang dianggêp ora bêcik tumrap awake dhewe, lan sabanjure ora dipikir klayan dawa manèh. Kayadene anacad utawa mêmoyok marang anane wong main, kuwi mungguh panêmuku kliru bangêt. Iya bênêr, main kuwi sanyatane ora bêcik, nanging dudu wajibmu lan wajibku banjur anacad utawa mêmoyok. Dene kowe utawa aku ora nglakoni dhewe, pancène rak kudu sêmbah nuwun marang Kang Kuwasa, utawa wêlas marang wong-wong sing nglakoni mau. Awit anane wong sok banjur main kuwi asale sok warna-warna, kaya ta: ing sakawit ana sing mung kanggo anggolèk panglipuring atine, utawa saking ora cukupe blanjane, rumasane sarana main, nèk-nèke bisa mênang, kang banjur bisa muwuhi kêkurangane mau, malah ana sing main dianggo riyalat, prêlune kanggo cagak lèk, mêngkono sabanjure. Dadi main kuwi ora mêsthi ngêmungake sabab saka dhêmêne ngabotohan bae, nanging bisa uga mêngku sabab kang warna-warna mau, nanging bab kiyi padha dilèrèni samene bae. Liya dina padha omong-omongan manèh.

--- 430 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah

Dhirèktur pakaryan praja.

Tuwan D. de Iongh, dhirèktur dhepartêmèn pakaryan praja, dintên punika sampun pangkat dhatêng Padhang nitih kapal Melchior Treub prêlu papriksa dhatêng pamêlikan arêng sela ing Sawahlunta, lajêng têrus tindak dhatêng Medhan badhe wawan rêmbag kalihan pangagênging Deli Spoor Mij. Panjênênganipun ugi badhe mriksani margi sêpur enggal ing Asahan ingkang sawêg kagarap. Tanggal 13 April lajêng badhe têrus kondur dhatêng nagari Walandi nitih kapal Tabanan saking Bêlawan.

Sultan ing Bulungan seda.

Pamarentah tampi pawartos, bilih Sultan ing Bulungan (Borneo sisih lèr wetan) kala tanggal 27 Marêt punika murud dhatêng kalanggêngan, pangrèh praja kapasrahakên dhatêng Dhatuk Mansur minôngka wêwakil.

Sêrat kabar enggal.

Ing Tanjungkarang sampun lair sêrat kabar Fadjar Soematera mêdal sabên dintên Rêbo saha Sabtu, dipun pandhegani dening Tuwan H.B. Kartadirêja.

Beya mirunggan.

Ing môngsa punika para juru misaya ulam ing Bêtawi kathah ingkang sami ngêsah. Miturut kêkancinganipun dhirèksining palabuhan Priuk, satunggal-satunggalipun baita ingkang labuh ing ngriku, kakengingakên beya f 5.- dumugi f 8.- kangge sataun. Ingkang makatên wau lajêng nuwuhakên kathah juru misaya ulam ingkang botên labuh ing pasar ikan saha Priuk, milalah labuhing panggenan sanèsipun, andadosakên munduripun panyadean ulam ing pasar ikan gadhahanipun gêmintê, mila pangrèh gêmintê, samangke lajêng pados wêwêngan, para ingkang botên sagêd ambayar sanalika, kaparingan pursêkot kangge ambayar beyanipun.

Tindak salingkuh.

Insêpèkturing Singer Sewing Machine Co. ing Ngayogya lapur bilih salah satunggiling agènipun maskape kasêbut nginggil sampun nyalingkuhakên mêsin dondoman, cacah kawan dasa sakawan, sadaya kirang langkung pangaos pitung èwu rupiyah. Bab punika samangke sawêg dados urusan pulisi.

Têtiyang kuminis ingkang miruda saking Dhigul nginggil.

Kados ingkang sampun kawartosakên, sawatawis wulan kapêngkêr wontên tiyang kuminis sagolongan ingkang miruda saking Dhigul nginggil ngungsi dhatêng wêwêngkon tanah Ustraliah, nanging lajêng kacêpêng dening pamarentah ing ngriku. Gêgayutan kalihan bab punika, kala tanggabtanggal. 16 Pèbruari Tuwan G.J. Wulfhorst litnan inpantêri klas kalih saha prajurit tiyang wolu sampun pangkat saking Ambon dhatêng pulo Thursday prêlu nampi tiyang kuminis cacah kawan wêlas saking pamarentah Ostraliah. Tiyang kuminis kawan wêlas wau kala tanggal 4 Dhesèmbêr ing wanci dalu jam kalih sampun minggat saking tanah tinggi ing Dhigul nginggil. Sasampunipun 64 dintên laminipun nasak-nasak wana saha nandhang pintên-pintên kasangsayan, lajêng ngancik wêwêngkon Ostraliah, wasana wontên ing Darn katahan dening pamarentah Ostraliah. Racak sadaya sami ambêkta buku saha bausastra basa Inggris, malah wontên satunggal ingkang gadhah cathêtan dintên punapa ingkang sampun dipun alami ing margi.

P.S.I.

P.S.I. pang Surabaya mêntas ngawontênakên parêpatan umum, ingkang dhatêng watawis wontên tiyang sèwu. Tuwan Cakraaminata ingkang badhe mêdhar sabda bab pulitik ing Indhonesiah saha nagari-nagari mônca, jalaran kapambêngan gêrah, botên sagêd rawuh. Tuwan Salim sêsorah bab anggènipun lêlana dhatêng Eropah, punapadene mratelakakên bilih awit saking anggènipun damêl propagandhah wontên wêwakil S.D.A.P. kalih saha panuntuning Bond van Transportarbeiders badhe rawuh mêrtamu dhatêng Indhonesiah.

Lintah dharat ing dhusun.

Kados ingkang sampun kawartosakên, têtiyang dhusun ing Jampang kathah ingkang kenging pamilutanipun satunggiling lintah dharat, inggih punika tilas administratir salah satunggilipun kabudidayan ing ngriku. Andadosakên rêkaosing gêsangipun. Samangke wontên pawartos malih, arta ingkang kasambutakên dening lintah dharat wau sadaya wontên f 87.000.- dene ingkang kapratelakakên dhatêng pangrèh praja namung f 40.000.- ingkang anggumunakên, para ingkang sami nyambut arta dhatêng piyambakipun, sasampunipun kapurih nôndha tangani sêrat piutang, tôndha tanganipun kasukakakên wangsul, nanging sêrat piutangipun kacêpêng piyambak utawi kasuwèk-suwèk. Samangke pangrèh praja ing ngrika kabantu dening bang apdhèling sawêg ambudidaya badhe mitulungi kurban-kurban wau.

Ingkang bupati ing Bandhung.

Enggal samangke têtiyang kabupatèn Bandhung kathah ingkang ngaturakên sêrat panuwunan malih dhatêng pamarentah ingkang wosipun anggondhèli ingkang bupati R.A.A. Wiranatakusuma sampun saèstu

--- 431 ---

kawisudha jumênêng gedeputeerde ing rad propinasi Jawi Kilèn, kawartosakên ingkang bupati piyambak, bok bilih kalampahan kapilih jumênêng gedeputeerde, botên badhe nampilihannampik pilihan. wau.

A.M.S. ing Sêmarang.

Dhepartêmèn pajaranpangajaran. sampun nêtêpakên bilih taun punika ing Sêmarang badhe kaêdêgan A.M.S.

Bestuursschool

Kasêbut sêrat kêkancingan pamarentah, tumrap para murid Bestuursschool blanjanipun kaindhakan, suwau f 200.- samangke dados f 250.- ing dalêm sawulanipun.

Kêkirangan mantri 500.

Saking Bêtawi kawartosakên, pangagênging kadhastêr ngaturakên usul, supados ing rantaman enggal punika kacêkapana kêkiranganipun mantri 500, sarana lampah nampèni tiyang enggal tikêl gangsal kalihan ingkang sampun-sampun, lajêng kasinaokakên kangge mantri wau.

Kuminis bôngsa Tionghwa.

Sambêt kalihan pawartos bab têtiyang kuminis bôngsa Tionghwa ingkang sampun katahan, ing Prabalingga ugi mêntas wontên satunggiling bôngsa Tionghwa ingkang kacêpêng. Sadaya sêrat-sêrat ingkang kabêskup badhe kakintunakên dhatêng kantor prakawis bôngsa Tionghwa ing Bêtawi prêlu katitipriksa.

Padamêlan ing wanci dalu.

Kados ingkang sampun kawartosakên, Tuwan G. Pastor, insêpèktur babagan pakaryan, samangke papriksa wontên ing tanah Jawi Wetan. Gêgayutan kalihan pawartos, bilih ing satunggiling gudhang kapuk gadhahanipun satunggiling bôngsa Tionghwa Pasuruan wontên kuli èstri sawatawis ingkang kapadamêlakên ing wanci dalu, tuwan Pastor kabantu dening satunggiling kumêndhan pèl pulisi sampun dhatêng niti priksa gudhang wau. Ing ngriku pinanggih wontên tiyang èstri sawatawis ingkang kapadamêlakên ing papan ingkang pêtêng, sanès-sanèsipun sami pating glethak tilêm ing jogan, ingkang gadhah gudhang wau kapêrbal.

Eropah.

Nagari Tiongkok kalihan Sopyèt.

Mosko, 25 Marêt. Pèrês Sopyèt martosakên, benjing pungkasanipun wulan April punika badhe kawontênakên konpêrènsi ngrêmbag prakawis margi sêpur ing Mansuriah (Tiongkok). Wêwakilipun nagari Tiongkok sampun mratelakakên, tanggal 10 April ngajêng punika badhe pangkat dhatêng Mosko.

Pandadaran ing nagari Walandi.

Lulus pandadaranipun kandhidhat Indisch Recht ing pamulangan luhur ing Leiden, Tuwan Osman Sastraamijaya, kaprênah rayi kalihan Mr. Alisastraamijaya.

Kawontênan ing Indhocina.

Paris, 25 Marêt. Gêgayutan kalihan wontênipun kraman ing Indhocina dèrèng dangu punika, sawatawis warga ing senaat ngajêngakên supados wontênipun wadyabala bôngsa pribumi ing Indhocina kawêwahana wadyabala bôngsa Eropah, punapadene kapratelakakên bilih Indhocina botên badhe kaparêngakên madêg mandhiri.

Paris, 25 Marêt. Ministêr jajahan Pêrancis, Tuwan Pietri nêrangakên ing parêpatan senaat, bilih gêgayutan kalihan wontênipun kraman ing Indhocina dèrèng dangu punika, pamarentah badebadhe. nyêrêg para ingkang sami ngrisak kakêntrêmaningkatêntrêmaning. nagari, sarta botên badhe marêngakên bilih pakaryanipun karêsahan daningdening. para juru ngojok-ojoki kenggenanipunkengkenanipun. têtiyang kuminis ing Kanton (nagari Tiongkok).

Asiah.

Pabrik karèt kêbêsmi.

Singgapura, 29 Marêt. Pabrik karèt Tan Kah Kee risak kêbêsmi, kapitunan katapsir wontên 200.000 strèt dollar.

Nagari Tiongkok.

Syanghai, 26 Marêt, kawartosakên, presidhèn Chang Kai Shek sampun pangkat dhatêng Ningpo, badhe ngawontênakên konpêrènsi kalihan para panuntun ing Tiongkok sisih lèr.

Pêrang sami bôngsa ing nagari Tiongkok

Saigon, 27 Marêt. Jalaran kadugi salêbêtipun tigang minggu wadyabala Tiongkok sisih lèr ingkang dipun tindhihi dening Jendral Jen Hsi Sjan saha Feng Joe Hsiang badhe nêmpuh sêsarêngan, wadyabala pamarentah sampun sumadhiya pirantos-pirantos kangge ananggulang.

Kêbêsmèn agêng.

Tokiyo, 28 Marêt. Ing Jêpang sisih lèr kilèn ing Komatsumakhi mêntas wontên kêbêsmèn agêng. Têlas cacah wuwung pitung atus. Kapitunan katapsir wontên 1 yuta yèn.

Indhocina

Hanoi, 28 Marêt. Pangadilan sampun andhawahakên paukuman tumrap para ingkang sami tumut kala kraman ing Yènbe, 39 kaukum kisas, 33 kaukum kunjara kanthi padamêlan pêksan salaminipun gêsang sarta 9 kaukum kunjara kanthi padamêlan pêksan kalih dasa taun.

--- 432 ---

Wêwaosan

Pati Winadi

5

[Mijil]

Kèngsêrira Batur sing nagari / amangguh lêlakon / kang satuhu dadya pamasuhe / yèku dupi umanjing wanadri / kang pinangguh aming / sarwa sêpi samun //

kaananing wana kang asêpi / tan pisan kambah wong / nulya ngrêti lamun kuwasane / duk ing nguni datan migunani / sanadyan ta luwih / mung tumanduk luput //

lawan ngrasa uga mawa ngêlih / arip miwah ngorong / kang pinasthi sabên janma darbe / atanapi rasa suka sêdhih / tinulak tan kêni / praptanira tamtu //

têpanira nuli tuwuh mintir / wahyaning wêwangson / lamun ngono tindak ingsun biyèn / anggung karya susahing sêsami / tinêmune pasthi / andhêdhêri luput //

sarira nglês Ki Batur ing mangkin / dahat ing kalêson / kang binukti amung saanane / palakirna kang tuwuh wanadri / kang arasa dadi / mring wêtêng anggêrus //

saking dahat akasok kapati / satêmah andhrodhog / ambruk anèng soring uwit gêdhe / otot bayu sirna samya anis / wêkasan nêmahi / papa kawlasayun //

dupi luhur hyang pratônggapati / jroning wana katon / kawaratan padhang satêbane / Baturtastara nuli lumaris / kongsi watara ri / kasangsara nutug //

ing samangkya kongsi kuru aking / kang netra anggêrong / linut sakit tan wontên mêndhane / angganira kawaratan gudhig / raosirèng sakit / rumab pating srênut //

kasoking kang sangsara tumitih / arasa wus katon / duk samana Batur ing lampahe / wus tumindak antara sêsasi / nuju môngsa ratri / rarywan angga luruh //

nanging kadi wus titining wanci / linuwaran mangko / saking dènnya nandhang sangsayane / yèku Batur ing kalaning ratri / jroning ati mosik / darbe cipta jujur //

sanggyaningkang lêlakon ing nguni / wus rinasa pantog / datan pisan pinangguh bêcike / titikira malah mung minihi / andhêdhêr saksêrik / wèh sungkawèng kalbu //

sawusira wanci gagat enjing / sirat wetan nrontong / Batur nulya tumindak asarèh / sumilaking wadana awêning / kadayan tumusing / tyas mring karahayun //

tan antara lampahira nuli / luwar sing bêbondhot / binarunging swarèng pêksi rame / kang atarab sumêdya ngêbyuki / mring têbaning sabin / kang mèh wanci mugut //

nulya wontên swara kapiyarsi / janma alok-alok / la hara ta ngetan-ngetan kae / sinambungan janma lyan ngambali / la la rene iki / ayo ngidul-ngidul //

yèku swarèng aloking rarywalit / nèng pagagan manggon / anjagani pêksi pangêbyuke / kang kadyèku dahat ngrêspatèni / lir ngrêngga asrining / katêntrêman dhusun //

ananging kang padhusunan awis / tan tunggil anggrombol / kawuryan mung lir bêbadran bae / Batur laju dènira lumaris / tan antara kèksi / wisma anèng gunung //

dunungira manjila amrêgil / kèbêkan wit ayom / pinagêran narênthêng wit jambe / marganira kang sumêngkèng wukir / menggak-menggok kadi / tapak sawêr langkung //

Baturtastara nulya murugi / tan dangu kaprêgok / janma wrêdha wus seta jenggote / maring têgal arsa adhêdhangir / nanging mandhêg nuli / sarwi aruh-aruh //

kados anggèr sanès tiyang ngriki / mirid ing pasêmon / janma praja kang risak galihe / titikira sampun ngatawisi / Batur amangsuli / lan taklim andhingkluk //

andikanta datan mawi sisip / gih makatên yêktos / kula tanya mring andika mangke / paman sintên lan dêdunung pundi / ki wrêdha mangsuli / kanthi linut guyu //

nyatanipun anggèr kula cantrik / nyênyantrik sang kaot / pandhita kang mratapa ing mangke / wontên wukir kang kawuryan asri / mung ngalap basuki / mrih tinuntun ayu //

Batur alon dènira mangsuli / baya kapanujon / lamun kyai ing galih marêngke / kaparênga nglarapkên sang yogi / kula arsa nyantrik / maring sang linuhung //

kaki cantrik amung nayogyani / nulya bidhal alon / anyênyambi wèh pawarta sae / bab kotamanira sang maharsi / môngka anyêlani / sêsambèn lumaku //

sapraptaning padhepokan aglis / wau sakarongron / ngabyantara sang wiku dèn awe / lah majua cantrik sapa kuwi / cantrik ngacarani / Batur pinrih matur //

Batur matur lir linuding tangis / kang suwara jêro / dhuh pukulun kawula wiyose / pun Baturtastara ingkang nami / dahat kawlasasih / nalôngsa dewa gung //

nguni ulun durjana linuwih / têtungguling awon / têgêl tegan akarya patine / atanapi ngrêrusak sasami / nanging wusing wanci / ulun asrah luput //

ulun datan nêdya malih-malih / arsa tindak awon / mila amba nyuwun tuduh mangke / mrih sambada ulun angrungkêbi / têtêpa nglampahi / ing tindak rahayu //

sang awiku tan kêndhat mriksani / ing galih sumêdhot / anêrusi lir Batur rasane / yèku môngka titikan sayêkti / lamun Batur mangkin / analôngsa têrus //

nabda alon wau sang arêsi / hèh ta bocah anom / samubarang tan ana lupute / yèn ing wuri nyata ngrumasani / mung nyatane ugi / angèl sakalangkung //

awit tuwuhing cipta sayêkti / tan kêni rinèh wong / kang mangkono yêkti sira dhewe / kang tan samar bangkit angudhari / kang sayogya mangkin / têntrêmna pikirmu //

kono cantrik iritên tumuli / lan prênahna ing gon / ngêndi bae kang dadi sênênge / cantrik nuli jèngkèng lan anjawil / môngga ta suwawi / pyantun anèm mundur // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 33, 24 Dulkangidah Taun Ehe 1860, 23 April 1930, Taun V

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [503] ---

Ôngka 33, 24 Dulkangidah Taun Ehe 1860, 23 April 1930, Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Alun-alun Singa (Tanah lapang Singa)

[Grafik]

Alun-alun Singa saha griya-griya ing Wèltêprèdhên dipun tingali saking gagana.

--- 504 ---

Bab Ringgit

Bab Ringgit Wacucal

Sambêtipun Kajawèn nomêr 32.

Ing Kajawèn-kajawèn sawatawis wêkdal, sampun ngêwrat katrangan sawatawis ing bab pathokanipun tiyang dados dhalang, nanging mênggah kajêngipun ing karangan punika namung kangge anjangkêpi ing bab raosing ringgit manawi dipun lampahakên, murih kêtingal gêsang, awit mênggahing ringgit, gêsangipun wau gumantung wontên ingkang nglampahakên, dene pathokanipun sawatawis, inggih kados ingkang sampun kapratelakakên.

Ing ngriki kêpêksa angambali malih mratelakakên ing bab kêkêncênganing ngakathah tumrap bôngsa Jawi ing bab ringgit, amastani bilih pinanggihing lêlampahan wontên ing tanah Jawi, punika namung kasumanggakakên dhatêng ingkang kaparêng manggalih.

Tumrap para ahli bôngsa Jawi ing bab ringgit, limrahipun ingkang kangge paugêran sêrat Pustakaraja anggitan Rônggawarsitan, awit ing ngriku nyariyosakên urut-urutaning lêlampahan wiwit ing jaman kadewan, tuwin tiyang inggih sampun mantêp yêktos manawi mêndhêt saking pêpathokan wau. Anging manawi mirid wontêning lêlampahan ingkang kalimrah, urut-urutaning cariyos ing sêrat Pustakaraja, lajêng katingal sangêt bedanipun trêkadhang nama-nama ringgit inggih beda. Ingkang makatên wau mênggahing pangintên, pinanggihing lampahan salampahan, inggih punika ingkang dipun lampahakên sadalu, sarana dipun dhapukakên mêthik saking suraosing sêrat Pustakaraja, patrapipun palêncatan, awit manawi botên makatên, adêging pangringgit botên badhe adhapur adêgan lampahan sadalu jangkêp. Môngka mênggahing dhapukan, kêdah ngawontênakên jêjêr, ingkang pinanggih ing lampahan (cuthêlipun) wontên ing tancêp katon. Ngawontênakên sabrangan utawi adêgan sanès, ingkang andadosakên sambekalaning lampahan, inggih punika ingkang anjalari wontênipun pêpêrangan. Ngawontênakên adêgan pandhita kalihan sinatriya, ingkang anggayut badhe ngudhari lampahan. Adêgan pondhongan putri utawi sanèsipun, ingkang dados jêjêring lêlampahan, tuwin jangkêpipun adêg wêkasan, inggih punika titi rampunging lêlampahan.

Manawi mirid baku lêlampahan ing Pustakaraja, adêging lampahan botên patos rame, utawi kirang muyêg, amargi botên angêplêki kados kajênging adêgan. Jalaran saking jangkêping adêgan wau, lajêng ngawontênakên lêlampahan baku, carang dhinapur (sêmpalan) utawi carangan lugu. Ingkang dipun wastani baku, punika lêlampahan ingkang nyata pinanggih wontên ing sêrat Pustakaraja, dipun lugokakên kados lêlampahanipun sayêktos, botên dipun wêwahi, botên dipun kirangi. Carang dhinapur, punika lampahan mêndhêt saking [sa...]

--- 505 ---

[...king] baku, nanging lajêng dipun wêwahi, murih lampahanipun dados jangkêp. Dene carangan, punika sadaya namung karangan, namung anggitan kemawon, kenging kangge nganggit lampahan pasêmon utawi sanès-sanèsipun.

Ing nginggil sampun kapratelakakên mênggah bakunipun mêndhêt saking sêrat Pustakaraja, sanèsipun sêrat wau botên wontên ingkang kenging kangge piridan. Môngka manawi mirid para dhalang, limrahipun pandhapuking lampahan botên mêndhêt saking Pustakaraja, namung saking naluri katêlahipun kemawon, tuwin sanadyan mirida inggih sampun tular-tumular sangêt, mila pinanggihipun sok botên sami, upaminipun, namaning lampahanipun sami, naging kawontênanipun beda, kados ta bedaning namanipun ringgit, bedaning adêgan, tuwin sanès-sanèsipun.

Sarèhning wontênipun lampahan baku, ingkang mirid Pustakaraja punika kawon limrah kalihan lampahan limrah, pinanggihipun lajêng warni-warni. Dene manawi wontên ingkang manggalih, sanadyan sêrat Pustakaraja pisan ugi lêpat, punika namung kasumanggakakên. Nanging nama sampun dados wêwaton, langkung sae tinimbang ingkang tanpa waton. Samantên wau namung tumrap cocoging raosipun bôngsa Jawi dhatêng bab ringgit wacucal, dados botên agêgayutan kalihan kawruh babad. Dene tumrap para ingkang lêbda ing kawruh, tamtu botên kêkilapan.

Andharan ing bab-bab ingkang gêgayutan kalihan ringgit wacucal, kados cêkap samantên kemawon. Sanès dintên badhe nyariyosakên ing bab ringgit.

[Grafik]

Gambar ing nginggil punika sawangan ing pinggir sagantên, sacêlakipun Popoh, Tulungagung.

--- 506 ---

Pawartos Wigatos

Kursus Kadhastêr ing Bandhung

Gêgayutan kalihan pitakenan-pitakenan ing bab wontênipun kursus kasêbut ing ngingil, ing ngriki prêlu kapratelakakên bilih ingkang kaparêngakên anglêbêti pandadaran kangge kursus wau, inggih punika para ingkang anggadhahi dhiplomah klèn amtênar, kwèkêling, guru bantu (sanès guru dhusun) utawi dhiplomah H.I.S. utawi pasinaon sanèsipun ingkang kagolong sami, utawi ingkang kaanggêp cêkap dening pangagênging pakaryan kadhastêr, punapadene:

a. umuripun kêdah sampun 16 taun saha botên kenging langkung saking 20 taun

b. badanipun kêdah têtela sêmbada kangge pakaryan kadhastêr

c. kêdah ngaturakên sêrat kalairan utawi sêrat asal-usul tuwin

d. serat pratôndha saening kalakuan saking pangagênging pangrèh praja padununganipun ingkang kantun-kantun.

Para ingkang sami katampi ing kursus wau satunggal-satunggalipun ing sabên wulan kaparingan tulah f 15.- dalah pirantos-pirantosing pasinaon, nanging ing bab têdha saha pondhokan ngawontênakên piyambak.

Murid-murid ingkang miturut pamanggihipun pangagênging pakaryan kadhastêr têtela kirang nyêkapi kangge pakaryan kadhastêr punapadene ingkang awon kalakuanipun, kawêdalakên saking kursus.

Bilih sasampunipun langkung saking 6 wulan wontên ing kursus wau lajêng mêdal botên kanthi sabab-sabab ingkang absah utawi satamatipun saking kursus wau salêbêtipun 6 taun lajêng mêdal saking pakaryan gupêrmèn botên sabab saking cacading badan utawi jiwa, kawajibakên mangsulakên sadaya wontêning arta tulah salêbêtipun sinau dhatêng kas nagari.

Dene ingkang kadadarakên kangge kursus wau inggih punika babagan etang, kawontênan ing kantor kadhastêr ing Cirêbon, Pêkalongan, Magêlang, Kêdhiri, Malang, Bôndawasa, Makasar, Mênadho, Banjarmasin, Palembang, Padhang, Medhan, Bulèlèng, saha ing kantor pangrimat kadhastêr ing Wèltêprèdhên, Samarang, Surabaya, punadene ing kursus kadhastêr ing Bandhung.

Wontênipun pandadaran kadhawahakên wiwit ing dintên Sênèn, tanggal 19 Mei 1930 wanci jam 8 enjing dumugi jam 1 siyang.

Kursus wau kawiwitan ing tanggal 1 Agustus, dene ingkang kalampahan sagêd lulus pasinaonipun, lajêng kawisudha dados hulpmantri ing kadhastêr, kanthi balônja f 45.- ing dalêm sawulan.

--- 507 ---

Kawruh Sawatawis

Pandamêlipun Lisah Kacang (Anggathok)

Ingkang dipun gathok punika kacang krênthil (brul = kacang cina). Sasampunipun kacang dipun prithili saking witipun, kapepe ingkang ngantos garing. Sasagêd-sagêd milih kacang ingkang sampun sêpuh tuwin ingkang mêntês isinipun. Bilih anggènipun ngêpe sampun garing, nuntên dipun kalènthèki. Patrapipun anglènthèki murih botên kadangon, makatên: kacangipun kaundhuk-undhukakên ing siti nuntên kagêbag mawi kajêng utawi papah klapa (bongkok) ngantos kacangipun sami nglènthèk. Sasampunipun makatên lajêng dipun tapèni kabucal kulitipun, kadosdene patrapipun tiyang napèni pantun. Langkunganipun ingkang dèrèng nglènthèk kulitipun dipun gêbag malih, dipun tapèni. Makatên salajêngipun ngantos kacangipun dados wose sadaya.

Wose wau kapepea malih ingkang ngantos garing sangêt. Yèn sampun garing kadhêplok ing lumpang, kaglêpung ingkang ngantos lilit, lajêng dipun dang, pangêdangipun botên kados ngêdang sêkul, cêkap katapungakên sapisan kemawon.

Sadèrèngipun pratikêl ing nginggil punika katindakakên, sadhia jêbug (kranjang mataera kaanam kêrêp) rumiyin, ingkang kadamêl dêling apus. Lan malih sadhia tapas, tapas wau katata ing nglêbêting jêbug, kadosdene panatanipun godhong ing sênik ingkang badhe kangge nêtêl jadah utawi jênang. Bilih jêbug lan tapas wau sampun katata makatên, dang-dangan glêpung kacang wau kalêbêtna ing jêbug wau, katêtêl supados kêmpêl, yèn sampun kêmpêl, tapas wau kabêkuk katutupakên têtêlan wau. Cangkêmipun kranjang karangkus mawi tangan katangsulan ingkang kêncêng. Sapunika wiwit dipun gathok. Gathok punika plèpèt kajêng, kados para maos sampun kathah ingkang uninga.

Racakipun glêpung wau yèn sampun kagathok kaping kalih sampun apuh, dados sampun botên kenging kagathok malih. Glêpung ingkang sampun makatên punika namanipun: bungkil, punika kenging kaolah kangge lawuh utawi kagadho. Pangolahipun ingkang kathah kagorèng mawi lisah kacang wau.

Mênggah lisah kacang wau gunanipun ingkang kathah kangge anggêgorèng.

Lisah Klêntik.

Ingkang dipun klêntik punika klapa ingkang sampun sêpuh. Pandamêlipun makatên: klapa wau kaparud kapêndhêt santênipun. Santên wau kagodhog ing wajan ingkang agêng. Yèn panggodhogipun sampun sawatawis dangu, santên wau ing lapisan nginggil lajêng kênthêl, namanipun blondho. Dene lisahipun dumunung ing ngandhap, pramila yèn santên sampun wujud makatên, wajanipun sêmu kairingakên, blondhonipun kasisihakên. Ing ngriku lisahipun kenging kapêndhêt saraka kacidhuk, makatên salajêngipuin ngantos lisahipun têlas. Satêlasing

--- 508 ---

lisah, ing wajan kantun balondhonipun kemawon, punika kenging kagadho utawi kangge lawuh.

Mênggah ginanipun lisah klapa (klêntik) punika sami kalihan lisah kacang.

Lisah Sangit.

Lisah sangit punika pandamêlipun ragi angèl lan kêdah tlatos. Mênggah pandamêlipun makatên: klapa ingkang sampun garing dipun gêbingi alit-alit, nuntên kalêbêtna ing lantingan. Cangkêm tuwin cucukipun kasumpêt mawi kajêng ingkang kêncêng. Yèn lantingan wau sampun sumadhia makatên, andamêla tumpukan kajêng ingkang atos-atos, sabab yèn kajêng ingkang êmpuk-êmpuk sok botên dados. Lantingan wau katumpangna ing tumpukan kajêng wau, nuntên kabasmi. Latunipun kajagia sampun ngantos murup pêjah, sabab yèn makatên sok anjalari botên dados. Yèn lantingan wau sampun nyuwara krêngsêng-krêngsêng kapêndhêta sarana kajapit mawi wilah, tutuping cucuk kapêndhêt. Lisahipun kailing mêdal ing cucuk wau, kawadhahan ing cangkir utawi mangkok. Yèn sampun atus, kasumpêt lan kabêsmi malih, makatên salajêngipun ngantos lisahipun têlas. Satêlasing lisah ing nglêbêt kantun arênging klapa kemawon.

Kajawi punika mugi kaèngêtana. Lantingan ingkang kangge wadhah klapa wau kêdah milih lantingan ingkang kawak tuwin kandêl, awit yèn lantinganipun enggal, kenging dayaning lisah lan kêbênteran wau sagêd prothol utawi pêcah.

Mênggah gunanipun lisah sangit wau kangge jampi bunyik, korèng, kowak sasaminipun.

Lisah bathok.

Sami-sami andamêl lisah, namung damêl lisah bathok punika ingkang gampil, tanpa wragad, enggal rampung, pramila lare kemawon sagêd damêl. Ewasamantên inggih kathah tiyang sêpuh ingkang dèrèng sagêd damêl, amila sanajan lisah bathok punika namung sapele kêpêksa kula lêbêtakên ing ngriki, ambok manawi wontên ingkang dèrèng sagêd damêl. Pandamêlipun mayar sangêt, inggih punika: ngupadosa bathok ingkang kandêl, lan yèn angsal miliha bathoking klapa ingkang sampun kêmangrang (satêngah sêpuh), sarta sampun milih ingkang garing sangêt, prayogi ingkang malêm (satêngah garing) kemawon. Bathok wau katumpangakên ing cangkir utawi mangkok mawi kadalit ing lêmpung ingkang rapêt. Yèn sampun bathokipun kaisenan arêng. Arêng wau nuntên kadekekan mawa lan dipun tepasi.

Yèn sakintên bathokipun (ing dhasar) sampun butul jalaran kabêsmi, bathokipun kapêndhêta. Dene lisahipun dumunung wontên ing cangkir ngriku, sampun kenging kangge saprêlunipun.

Patrapipun nyumêrêpi bathok wau sampung butul punapa dèrèng, sarana ngangge cuthik, kauthik-uthikakên ing mawa wau. Dados mawanipun sampun ngantos kasuntak.

Mênggah gunanipun lisah bathok punika kangge anjampèni untu ingkang krowok katêdha ulêr. Patraping anjampèkakên sarana mêndhêt kapuk kacêlupakên ing lisah wau, nuntên kasêsêlakên ing untu ingkang krowak.

--- 509 ---

Kajawi punika lisah bathok kenging kangge jampi sakit bunyik, pathèk lan sapanunggilanipun.

Namung samantên kasagêdan kula bab lisah, lan sadaya katêrangan kados ing nginggil, namung niru rekanipun kônca dhusun-dhusun ingkang nate damêl, dados pandamêlipun kemawon ambokmanawi beda yèn katimbang lan nagari sanès. Lan malih kula nyuwun gunging pangaksama dhatêng ingkang karsa maos karangan kula punika.

Jaka S. Padmasumarta. Suku Bancak-Magêtan.

Jagading Wanita

Bab Wayuh

Kajawèn Ongka 27 ngêwrat gubahanipun sadhèrèk Sumantriyah sarana nglairakên pamanggih ingkang ingkang suraosipun (manawi kula botên kalintu):

ha. Gêtun dening konggrèsing pakêmpalan Ngaisiyah ing Pordhêkok mêndhêt putusan anglêstantunakên wontênipun pranatan poligami.

na. anggrayang dhatêng kita para kakung anggènipun kèndêl punika amratandhani bilih para kakung sami rujuk dhatêng putusaning konggrès Ngaisiyah wau,

ca. amrayogèkakên sampun dupèh wontên putusaning konggrèsipun para wanita ingkang kados makatên wau, para kakung lajêng sami ambingahi,

ra. sabab warni-warni ingkang anjalari konggrès Ngaisiyah mêndhêt putusan kados kasbut nginggil, ingkang sadaya wau mêndhêt piridan saking dhasar wêwatêkanipun para kakung ingkang botên sae.

Ingkang makatên wau kula matur sangêt gênging panuwun dhatêng sadhèrèk Sumantriyah ingkang sampun kaparêng andamêlakên cabe lêmpuyang dhatêng golonganipun para kakung, ngantos anggugah manah kula sarana urun sarta nglairakên pamanggih kados ngandhap punika.

Kadosdene panggrayanganipun sadhèrèk Sumantriyah kasbut ing aksara: na, punika amracihnani bilih panjênênganipun dèrèng patos ngandêl dhatêng kajênging para kakung ingkang sampun marambah-rambah kalairakên wontên parêpatan-parêpatan utawi ing sêrat-sêrat kabar ingkang maksudipun anti dhatêng wontênipun pranatan poligami. Dèrèng tamtu tiyang kèndêl punika mratandhani bilih rujuk, nanging kèndêlipun para kakung punika rumaos lingsêm dene wontên putusaning konggrèsipun para wanita ingkang kados makatên wau, kita para kakung rumaos kapotangan budi.

Kados ingkang kasbut ing aksara: ca, sadhèrèk Sumantriyah sampun ngantos sumêlang bilih kita [ki...]

--- 510 ---

[...ta] para kakung badhe nindakakên wêwênangipun ingkang tundonipun badhe damêl kirang prayogi tumraping para wanita, dêstun sagêda damêl piwalês ingkang langkung dhatêng pamanggihipun para wanita kados ingkang dados putusanipun konggrès Ngaisiyah wau.

Nanging emanipun sakêdhik dene sabab-sabab ingkang anjalari wontênipun putusan kados kasbut nginggil wau saking pamanggihipun sadhèrèh Sumantriyah sarana mêndhêt dhasar wêwatêkanipun para kakung ingkang kirang prayogi. Manawi kula manah sagêbyaran kemawon pancèn inggih lêrês damêl alêsan kados makatên wau, nanging manawi kula lêbêtakên panyuraos kula, kajawi damêl tatuning manahipun para kakung, bab makatên wau saking pamanggih kula kok inggih sami kemawon. Wontênipun lare ingkang gadhah bapa onbekend punika prakawis ingkang gampil. Sapunika sumôngga kagaliha, lare punika limrahipun biyung ingkang anggulawênthah, dados inggih pun biyung ugi ingkang kêdah ngakêni (erkennen) dhatêng lare wau. Kosokwangsulipun awis sangêt lare ingkang biyungipun onbekend amargi pun bapa botên sagêd ngupakara lare wontên ing griya, dados saupami lare wau kalimraha ginulawênthah dening bapa, mêsthinipun pun biyung inggih kathah ingkang sami onbekend dados dipun wolak-walika ingkang kadunungan lêpat inggih sapalih edhing.

Dados putusaning konggrèsipun para wanita ing Pordhêkok punika kula gambarakên kadosdene wontênipun artikêl-artikêlipun wetboek van strafrecht ingkang têrangipun botên gadhah daya punapa-punapa bilih kula botên nindakakên awisan kados ingkang kasbud ing buku anggêr-anggêr wau. Makatên ugi para wanita botên badhe ngraosakên pait gêtiripun manawi para kakung botên nêdya nindakakên wêwênangipun ingkang botên prayogi wau.

Minôngka panutuping pamanggih kula, kula nyuwun dhatêng para wanita langkung malih dhatêng sadhèrèk Sumantriyah, seratan kula punika mugi sampun kagalih kadospundi-kadospundi, amung karsaa ngagêm kadosdene pangarêm-arêm ingkang pinanggih ing nalar. Ngêmplak, 10-4-'30.

Himalaya.

Suraosing karangan punika kados botên plêg anocogi kados kajênging karanganipun sadhèrèk Sumantriyah, ewadene ugi kapacak, murih dados panggalihanipun para maos, punapa malih sadhèrèk Sumantriyah.

Red.

Kalêpatan ingkang Kêdah Kawigatosakên

Ing Kajawèn nomêr 31-32 ing wara-wara administrasi, ingkang mungêl: Kalêrês dintên agêng mekradipun Gusti Kangjêng Nabi Mukhammad s.a.w (20 Dulkangidah). punika lêpat, lêrêsipun: Kalêrês dintên agêng wiyosanipun Sri Paduka Ingkang Minulya Pangeran Hèndrik.

Para maos kaparênga amêngku dhatêng kalêpatan wau.

Adm.

--- 511 ---

Primbon

Pêthikan Primbon Kina

Têtiyang bôngsa Jawi ingkang gêgriya kanthi mêngkoni papan pomahan utawi pakarangan, bilih yasa regol, kori utawi namung bêdhahan pagêr tumrap ing pakaranganipun, tancêping regol, kori utawi prênahing bêdhahan pagêr wau, kathah ingkang sami ngangge petang mêndhêt saking wêwarah satunggiling primbonipun para luhur, priyantun agêng, pasanggrahan, papan kongsèn nagari sasaminipun, punika ingkang kalimrah botên mawi petangan awon saening angsar, tancêping regol utawi sapanunggilanipun, namung guru jumbuh ukuran prêlu ngupados saening sêsawangan kemawon. Wondene wêwarahing primbon wau kasêbutakên makatên:

Wiyaring pakarangan kawan wadana, iring lèr, wetan, kidul sarta kilèn, punika kaukura piyambak-piyambak, pintên pinanggih ukuran ing satunggal-tunggaling wadana wau, lajêng kabage nyanga-nyanga (dados nyangang petak = nyangang gang), ing ngriku sabên sabage-bageanipun, sampun mawi katêrangan piyambak-piyambak awon saening angsaripun. Terangipun kapêtha kados ing gambar têngah punika.

Angsaripun tumrap bagean iring lèr.

1. kêrêp kasripahan lan kapandungan.
2. wilujêng sarta tinêngga ing rijêki agung.
3. kuwawi kasèrènan darajad kapriyantunan.
4. watak gêringan, sakitên.
5. tanpa yuwana asring kapandungan.
6. tansah antuk kabêgjan, tinêngga sandhang têdha.
7. sangar utawi sarang, angsaripun bêntèr.
8. wilujêng sêmpulur rijêkinipun lan tansah tinêngga ing kabêgjan.
9. kêrêp kapandungan lan sakitên.

Angsaripun tumrap bagean iring wetan

9. kêrêp kenging prakawis, adhakan kambah durjana.
8. sêmpulur rijêkinipun, têntrêm manahipun.
7. sagêd kuwawi kasèrènan darajad kapriyantunan.
6. kêrêp sakitên, asring kenging prakawis.
5. tanpa yuwana asring kapandungan.
4. antuk kabêgjan, sêmpulur sandhang têdhanipun.
3. sakitên kêrêp kambah ing durjana.
2. wilujêng sêmpulur rijêkinipun.

--- 512 ---

1. asring manggih prakawis lan sakitên.

Angsaripun tumrap bagean iring kidul

1. kêrêp kapandungan asring kataman rêribêd.
2. wilujêng sarta linulutan rijêki agung.
3. kuwawi kasèrènan darajad kapriyantunan.
4. watak gêringan, sakitên.
5. tanpa yuwana asring kapandungan.
6. tinêngga rijêki agung miwah kabêgjan.
7. hawa bêntèr kêrêp manggih kasusahan.
8. wilujêng kabêgjan ingkang tansah pinanggih.
9. kêrêp kambah ing durjana lan sakitên.

Angsaripun tumrap bagean iring kilèn

9. asring manggih kasusahan kêrêp kambah ing durjana.
8. wilujêng tinêngga ing rijêki agung.
7. kuwawi kasèrènan darajad kapriyantunan.
6. watak gêringan lan sakitên.
5. tanpa yuwana asring kapandungan.
4. sêmpulur rijêkinipun, kêrêp manggih kabingahan.
3. sangar utawi sarang, asring manggih prakawis.
2. wilujêng lan tansah tinêngga ing kabêgjan.
1. gêringan utawi sakitên, kêrêp kasusahan.§ ing bab punika redhaksi Kajawèn namung nêdahakên ing bab wontênipun kawruh kina.

Kapêthik dening P.K. 585. Priyangan kidul

[Grafik]

Gambar ingkang kacêtha nginggil punika sawangan pasisir sagantên kidul ing Tjiloet Eureun.

--- 513 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Salah Satunggiling Kawajibanipun Wanita

Petruk: Kang Garèng, daksawang pandêlênganamu têka asêpêt, anyêkukruk, ambêsêngut lan anêlulèk. Lo, sing kok rasakake bae apa. Apa bok ayu ringik-ringik anjaluk wuwuhe dhuwit balônja sabên dina, apa ora narima sabab suwênge kurang kètès-kètès.

Garèng: Wah, Truk, sanadyan êmbok ayumu rupane mung kaya cowèk dipupuri, nanging pikire jêmbar, ora bakal kok banjur arêp ora narima ing pandum. Têgêse: ing sarèhne pamêtuku mung sathithik, nèk carane êmbok ayumu iya dijèrèng-jèrèng diirit-irit nganti bisane cukup, kaya ta upamane: tuku iwak limang sèn, kuwi kudu kêna kanggo têlu utawa patang dina. Jalaran nèk cara êmbok ayumu, mangan iwak kuwi ora cara kowe, ujug-ujug banjur digèwêl bae, nanging mung diambu diglethakake, diambu diglethakake bae, kênane dipangan yèn ambune iwak mau, wis bali kaya nalikane isih mêntah. Mêngkono uga mungguhing jangan, kuwi anjangan sapisan iya kêna dipangan nganti têlung dina, sabab sing dipangan mung duduhe bae, sabên dinane mung dijag-jogi banyu karo uyah bae, mêngkono sabanjure. Lan ing sarèhne blanjane sing lanang ora cukup, iya ora bakal kok banjur mrêlokake sanjan-sanjan, sing wusanane bakal banjur disanjani, kang banjur bakal kapêksa kelangan dhuwit kang kanggo panyuguh wedang sanyamikane.

Petruk: Wong gêmi iku pancèn iya bêcik bangêt. Nanging nèk gêmine kêladuk, dadine rak bisa amangeran mênyang bôndha. Kapriye alane wong sing mangeran mênyang bôndha, ora prêlu tak caritani, nanging mungguh panêmuku, carane êmbok ayu anggêmèni pamêtumu mau, kok kêladuk bangêt, suwe-suwe rak kêlakon êmbok ayu anyuthiki kêdhêle nang kalèn têmênan. Nanging bab kiyi ora prêlu dirêmbug dawa-dawa, awit panêmune siji-sijine wong anggone arêp anggêmèni gunakayane têmtune iya dhewe-dhewe, luwih bêcik caritakna bae nyang aku, mungguh sabab-sababe dene ulatmu katon pêtêng kaya prawan tinampik jaka.

Garèng: Pambatangmu mula ya cêsplêng têmênan, aku [a...]

--- 514 ---

[...ku] saikine pancèn lagi prihatin bangêt, nganti diolah-olahake êmbok ayumu, jangan sayub sarta sêmur kothot, kapêksa tak pangan bae. Dene sabab-sababe anggonku prihatin kiyi, jalaran saka maca tilgram saka nagara Lônda, kang anyaritakake yèn Sang Rinaja Putri Yulianah saiki miwiti sinau olah-olah.

Petruk: Hara ta, iki rak prihatin sing ora maton babar pisan, lumrahe wong yèn krungu warta mangkono kuwi, rak malah gumun lan angalêmbana, dene ingatase putra putrining nata abôndha abandhu, têka isih krêsa amênggalih isining dhapur.

Garèng: Lo, dudu kuwi sing agawe ngênêsing atiku, kosok-baline aku tansah ngungun lan gumun, dene samono kamajuane tanah Eropah, sanadyan luhura dikaya ngapa, nèk jênêng wanita kuwi, ora ngêmungake ngudi marang kapintêran bae, nnaging iya kudu nêtêpi wanitane. Kaya ta: olah-olah kuwi rak dadi wajibing para wanita. Nèk nganti ana wanita ora bisa, kuwi rak kêna dipadhakake kayadene prajurit kang ora bisa ngolahake gêgaman, mêngko rak kalakon diarani prajurit pupuk bawang. Aku iya ngandêl yèn akèh para wanita, sing jalaran saka luhuring drajate ingkang raka, utawa saka cukuping pamêtune, bisa ngingu koki salosin upamane, nanging rak luwih utama yèn salirane piyambak ngrêtos mênyang olah-olah, prêlune ora bakal tansah diapusi ing abdine, nèk dhawuh anggawèkake sêpèkuk, bisa anguningani yèn kudu nganggo êndhog samene, gula samene, mrêtega samene. Nèk arêp kêpenging dhahar sing sêdhêp-sêdhêp, bisa andhawuhi: koki, mêngko aku olahna: pelas katul, gêmbrot sèmbukan utawa êmbêg-êmbêg. Jajal upama priyayi putri mau ora sagêd olah-olah dhewe, nèk pangolahe koki ora kêbênêran, têmtune sagêde mung ngandika mangkene: Lo, pelase kok ora pati enak kaya gone si anu kae. Nanging nèk ngrêtos nyang olah-olah, têmtune banjur ngêndika mangkene: Koki, anggonmu ngêmbêg-êmbêg kurang tempene bosok, utawa kurang trasine, utawa kurang ... mrêtegane.

Petruk: Wiyah, ana êmbêg-êmbêg kathik kurang mrêtegane, apa kiyi êmbêg-êmbêg modhèl taun 1930. Ora, Kang Garèng, nitik andharanmu sing nganti nglawèr-nglawèr kiyi, kaya-kaya ora ana barang-barang sing bisa anjalari prihatinmu mau.

Garèng: Mangko dhisik, Petruk, kayadene apa sing wis tak caritakake ing kowe, rak iya wis têtela ta, yèn tumraping wanita, olah-olah kuwi prêlu bangêt, apa manèh nèk nitik kudangane wong lanang kang warna-warna, ana sing duwe kudangan mangkene: sing tak suwun-suwun muga-muga bojoku ing besuk sing pintêr iki,

--- 515 ---

pintêr iku, cêkake sing luhur kawruhe. Ana manèh sing duwe kudangan: muga-muga bojoku ing besuk bisaa dhangsah cèrlêton barang. Nanging iya akèh bae wong lanang sing duwe pangajab, supaya bojone ing besuk ora pralu pintêr-pintêr anggêre kampi bangêt ing bab: amblêkothok lombok, andhèndhèng ragi, ambêsêngèk tempe, nyambêl bajag, cêkake anggêr undhig ing bab olah-olah wis cukup, hla, saikine kêpriye, ora sabên wanita èncèr utêke, kang anjalari padha luhur kawruhe kabèh. Panganggone wanita Jawa ora mêsthine kanggo mêncolot-mêncolot sarana ditabuhi nganggo: tojing tojing utawa jès bèn, nanging ing bab olah-olah, kuwi saênggon-ênggon rak bisa sinau, lo, kiyi bok ya rada dipikir sêthithik-sêthithik. Kaya ta apa mèmpêr prunanmu Si Poniyêm kuwi, sêkolah H.I.S. lagi klas 7 bae, yèn tak kon ngrewangi makne nyang dhapur, wangsulane: Moh, Pak, wong risi aku, karomanèh nèk aku kêkêrêpên nyêkêl munthu, tanganku mundhak kapalên, nèk tanganku kapalên, bijiku nulis rak banjur mung olèh papat.

Petruk: Nèk ana bocah ngêmohi pagawean, kuwi sanyatane dudu salahe bocah, ning salahe wong tuwa, sabab ora ngulinakake anake nyang pagawean wiwit cilik mula. Jajal upama dikulinakake wiwit cilik, kiraku iya ora bakal mangkono. Wis, wis bab kiyi padha dilèrèni samene bae, liya dina padha omong-omongan manèh.

Ngaturi uninga

Ing dintên punika waosan Pati Winadi sampun tamat. Wêdalipun Kajawèn ngajêng badhe miwiti ngêwrat cariyos ing Bali, nama Calonarang, mawi sinawung ing sêkar. Cariyos wau gêgayutan kalihan Tanah Jawi, jaman Prabu Èrlangga, ing Kadhiri.

Sae, sêngsêm saha êngêsipun, botên prêlu kapratelakakên ing ngriki, para maos badhe uninga piyambak.

Saking saening cariyos wau, ngantos kapêndhêt kamainakên wontên ing gambar idhup. Dene luguning babonipun taksih basa Kawi. Red.

--- 516 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah

Sêdya Mulya

Wontênipun rancangan konggrès pangrèh praja bôngsa pribumi ingkang kaping kalih awit saking ada-adanipun Sêdya Mulya. Pakêmpalanipun para bupati tanggal 13 dumugi 16 Juni ing Bêtawi kados ing ngandhap punika:

Dintên Jumuwah 13 Juni, wanci jam 7 1/2 sontên, panampining para tamu.

Dintên Sabtu 14 Juni wanci jam 9 enjing: R.M.A.A. Kusuma Hutaya, pangarsaning konggrès ngaturakên pambagya basuki lajêng konggrès kabikak dening Ingkang Wicaksana Kangjêng Tuwan Bêsar, pangayomaning Sêdya Mulya. Ingkang karêmbag: bab pamboyonganing bôngsa Jawi dhatêng tanah sabrang dening R.T.A. Surya, bupati ing Pêkalongan saha R.A.A. Iskandar Tirtakusuma, bupati ing Karanganyar. Jam 9 sontên pêpanggihan kanthi pahargyan.

Dintên Ngahad 15 Juni, wanci jam 9 enjing, ngrêmbag bab kawontênanipun pangrèh praja bôngsa pribumi samangke saha ing têmbe wingking dening Tuwan Lanjumin gêlar Dhatuk Tumênggung, patih t/b kantor prakawis tiyang siti, Tuwan A.P. Mokoginta amtênar Bale Pustaka, Tuwan Lapalege bin Laberhima pangagêng pangrèh praja ing Unah-unah saha R.P. de Queljoe asistèn pangrèh praja ing Saparuah. Jam 7 sontên, parêpatan tumrap warga Sêdya Mulya. Jam 8 sontên sêsorahipun Prof. J. van Gelderen bab petangan cacah jiwa saha sêsorahipun Radèn Dêmang Wiradiatmaja, wêwakilipun Prijajibond, bab hak wêwênangipun pangrèh praja bôngsa pribumi, lajêng konggrès katutup dening pangarsa.

Dintên Sênèn 16 Juli, wanci jam 9 enjing anjênêngi pambikaking rad kawula, wasana lajêng papriksa dhatêng Bale Pustaka.

Tamu saking Nagari Mônca.

Tuwan L. Ch. Perrier, tilas insêpèktur susukan Suez, angsal dhawuh saking pamarentah Pêrancis supados ngaturakên pamrayogi ing bab wontênipun pakaryan palabuhan saha irigasi ing Indhocina. Samangke tuwan wau lêlana ing tanah Jawi saha sampun papriksa dhatêng wadhuk Pacak ing Bojanagara.

Adêgipun Vakcentrale.

Kala tanggal 12-13 april punika ing kantor pangrèh agêng P.G.H.B. ing Surakarta sampun kalampahan kawontênakên parêpatan anuju dhatêng adêging Vakcentrale.

Tumrap punggawa nagari bôngsa pribumi. Pakêmpalan-pakêmpalan tunggil damêl (vakbond) ingkang ngintunakên wêwakilipun wontên 15 ingkang lajêng malêbêt dhatêng Vakcentrale wontên 4, sanèsipun ngêntosi karampunganing konggrès benjing wulan Dhesèmbêr. Têtela sadaya ingkang dhatêng sami mupakat dhatêng adêgipun sagah badhe ambiyantu. Rancangan pranatan dhapukanipun Tuwan Suryapranata, sasampunipun kaewahan, katampi dening parêpatan. Pakêmpalan wau kanamakakên Persatoean Vakbonden Pegawai Negri utawi cêkakanipun P.V.P.N. Ingkang katampi dados warga inggih punika pakêmpalan-pakêmpalan tunggil damêl tumrap punggawa nagari, pakêmpalan campuran tumrap punggawa nagari tuwin punggawa partikêlir saha pakêmpalan punggawa badan mandhiri tuwin parentah mandhiri (zelfbestuur). Ingkang jumênêng pangarsa kangge sawatawis môngsa Tuwan Surasa, warga rad kawula.

Tanjungpriuk.

Salêbêtipun wulan Marêt taun punika cacahipun kapal ingkang malêbêt ing palabuhan Tanjungpriuk wontên 258, tumraping kwartal ingkang sapisan wiwit tanggal 1 Januari dumugi pungkasaning wulan Marêt sadaya wontên 753.

Surabaya.

Rad gêmintê ing surabaya sampun mupakati usul ing bab umbul ing umbulan saha pakaryan-pakaryan ingkang badhe katindakakên kangge nyêkapi kabêtahan toya ing kitha wau. Rantamaning waragad sadaya wontên 2232600 rupiyah, ingkang sayuta kapêndhêtakên saking rantaman taun 1930, tumrap sanèsipun badhe kawontênakên sambutan. Pakaryan-pakaryan badhe katindakakên dening gêmintê piyambak, namung pirantos-pirantosipun badhe kaborongakên.

B.P.M.

Kawartosakên, benjing pungkasaning wulan punika B.P.M. badhe nutup pamêlikanipun ing Payabilik, wêwêngkon Langsah. Punggawanipun bôngsa Eropah saha bôngsa pribumi saking sakêdhik-sakêdhik badhe kakèndêlakên utawi kaêlih, namung kakantunakên mandhor satunggal saha kuli sawatawis kangge anjagi ing ngriku.

Stovia.

Lulus pandadaranipun Indisch Arts perangan ingkang sapisan, Tuwan Zahar gelar Soetan Bagindo asli saking Payakumbuh.

Gudhang Koprah Kêbêsmi.

Dèrèng dangu ing salah satunggiling gudhang pabrik lisah ing Bêtawi tuwuh wontên kêbêsmèn. Ing gudhang wau wontên simpênanipun koprah 2000 pikul. Pakaryan pompa sarêng sumêrêp ing bab wau lajêng enggal-enggal ngintunakên pompa motor tiga. Ubaling watu saking agêngipun ngantos pitu likur jam sawêg sagêd kasirêp. Kapitunan katapsir sakêdhikipun wontên f 35.000.-

--- 517 ---

Ilèn-ilèn toya ing Banyuwangi sisih Kidul.

Usul ing bab ilèn-ilèn toya ing Banyuwangi sisih kidul saking Karangdara dumugi lèpèn Sêtail sampun katampi. Rantamaning waragad suwau 985.000 rupiyah, nanging dening dhepartêmèn B.O.W. katêtêpakên 993.800 rupiyah. Panjanging ilèn-ilèn watawis wontên 8 km. sarta badhe sagêd kangge ngilèni sabin 15.000 bau.

Eropah.

K.L.M.

Kawartosakên, prajanjianing K.L.M. kalihan parentah Inggris tumrap panganggening papan-papan anggêgana ing Indhia Inggris kados ing ngandhap punika:

1. Wontênipun lampah kêdah kajugag, bilih papan-papan ing ngrika botên kenging kaangge, ingkang jalaran toya jawah.

2. Indhia gêntos kêdah suka kamayaran tumrap lampah anggêgana Inggris dhatêng Ostraliah.

3. Wontên ing antawisipun panggenan-panggenan ing Indhia Inggris botên kenging ambêkta tiyang numpak saha barang-barang.

4. Wontênipun pos anggêgana kangge Indhia Inggris pangkatipun dhatêng Indonesiah kêdah kaandhapakên ing Karasi, wangsulipun dhatêng Nèdêrlan ing Burmah.

Asiah.

Indhia Inggris.

Bombai, 12 April. Wontên tiyang sèwu saking kajêngipun piyambak sami nawèkakên sarêm anggènipun damêl kanthi nêrak anggêr-anggêr sarêm. Kumisi konggrès sampun ngemutakên dhatêng têtiyang sampun ngantos nindakakên paripaksa, gêgayutan kalihan wontênipun arak-arakan agêng tanggal 13 April.

Amritsar, 12 April. Para sudagar bôngsa Indhustan sampun sarêmbag salêbêtipun sataun, wiwit tanggal 12 April sumêdya botên andhatêngakên barang-barang saking môncanagari, langkung-langkung saking Inggris.

Surat, 12 April. Sang Mahatma Gandi sampun pangkat saking Dhandhi dhatêng Pinyrat, kanthi pandhèrèkipun tiyang 150, sadaya wau saking kajêngipun piyambak. Sarana tuntunanipun Sang Gandi, têtiyang kathah lajêng nglêmpakakên sarêm.

Bombai, 13 April. Ing pasisir ing Sopati wontên tiyang watawis satêngah yuta sami damêl sarêm kalihan lêlagon ingkang suraosipun: anggêr-anggêr sarêm sampun pêcah.

Karasi, 13 April, wontên tiyang neneman watawis cacah sadasa èwu, sadaya ngangge sêrbassêrban. Gandi, sami damêl arak-arakan, anuwuhakên rêrêsah, motor-motor sami kabalangan sela, wontên sopir sawatawis sami nandhang tatu.

Alahabad, 14 April. Pandhit Yawaharlal Nèru, pangarsaning All-India Congress wontên ing sêtatsiun ing Seoki kacêpêng, kadakwa sampun nêrak anggêr-anggêr sarêm. Karampunganing pangadilan kaukum kunjara nêm wulan.

Kalkutah, 14 April. Bêrgêrmèstêr Senguptah, jalaran kadakwa ngojok-ojoki supados sami ambêguguk ambalela dhatêng pulisi, kaukum kunjara nêm wulan. Pulisi lajêng ngawisi sadaya papan pêpanggihan saha arak-arakan ing kitha saha kitha-kitha wêwêngkonipun. Sêtudhèn sakawan ingkang kacêpêng sarêng kalihan Pandhit Yawaharlal Nèru ugi sami kaukum kunjara nêm wulan.

Bombèi, 14 April. Sasampunipun Pandhit Yawaharlal Nèru kadhawahan paukuman, kumisi konggrès lajêng ngundhangakên supados pakaryan-pakaryan kajugaga rumiyin.

Jêpang.

Tokiyo, 13 April. Wontênipun darêdah ing dhirèksi saha kaum bêrah ing pabrik Kanegabuchi saya ngranuhi. partè-partè kaum botên gadhah (proletariat) sami ambangun komite sumêdya nindakakên aksi sêsarêngan. Parentah namung ngulat-ulatakên kanthi nastiti, nanging botên badhe nêngah-nêngahi, salêbêtipun darêdah wau botên mrèmèn dhatêng pakaryan sanèsipun.

Pawartos saking Administrasi

R.M.P. Mardikusuma ing Bramantakan. Lêrês dhobêl. Nomêr 2 ingkang lami kacorèk, gêsang ingkang enggal. Kajawèn ingkang sampun kalajêng panjênêngan tampi, kêparênga maringakên dhatêng tiyang sanès ingkang dèrèng lêngganan.

Lêngganan nomêr 4600 ing Tambi. Arta f 1.- kalêbêt pambayaran Kajawèn kuwartal kaping kalih.

Lêngganan nomêr 2785 (Rara Lumintu) ing Cibunut. Sampun cuwa ing galih, Kajawèn botên nate gadhah langkungan ingkang samantên kathahipun.

Lêngganan nomêr 2276 ing Natayudan. f 3.- sampun katampi.

Lêngganan nomêr 2062 ing Rèndhèng. Lêngganan wiwit 1/3-'30.

Lêngganan nomêr 4773 ing Cêmingon (Purwarêja), botên sagêd.

Lêngganan nomêr 364 ing Muntilan. Mila inggih lêrês gagrag enggal, nanging namung tumrap Bale Pustaka piyambak.

Lêngganan nomêr 1944 ing Surabaya. f 4.-kangge Tuwan Sastrarêja, sampun kula tampi. Ingkang f 1.50 kalêbêt pêmbayaran taun 1931, krana nalika 3/4 punika Tuwan Sastrarêja sampun kintun bayaran piyambak f 1.50.

Lêngganan nomêr 4855 ing gang Landrad, Bandhung. Wêlingan sarana rêmburês, wragad kasanggi dening ingkang mêling. Wêlingan kanthi arta, tanpa wragad pangintun.

--- 518 ---

Wêwaosan

Pati Winadi

10

[Dhandhanggula]

lawan sira wênang misesani / lamun ana janma nêdya mrêngkang / kêni rampungana bae / awit sira kalamun / kongsi wigih tyasira kêndhih / adhakan kalah daya / têmah cabar tuhu / wis Arya sira mangkata / upayanên dikongsi bisa kapanggih / sun puji arjanira //

nulya mundur arya kang piniji / nulya mantuk asantun busana / prasaja ing saanane / nulya budhal lumaku / kongsi samar sanggyaning janmi / datan pisan angira / kalamun tumênggung / marma ing lampah sakeca / bangkit manjing ajur-ajèr kanthi gampil / têbih ing kasamaran //

analasak papan-papan sêpi / ngangin-angin sanggyaning pawarta / nanging datan antuk gawe / dhusun-dhusun tinêmpuh / winulatan mêksa asêpi / sawarnining pangonan / tinaliti purun / tan antuk kang ngèmpêrana / kadi menda kagunganira sang aji / kang ical tanpa krana //

sabên pêkên samya dèn lêbêti / nanging datan wontên kang miriba / kadi kagungan pamase / satêmah ing tyas pugut / ngrumasani cabar ing kardi / puwara mung nalôngsa / arsa nyrahkên idhup / awit wus tita têtela / kalangênan nata wus sirna ing titik / tan kêni ingupaya //

dangu-dangu ing lampah kêlingsir / garêgêting tyas tanpa budaya / tindak mung sasêkecane / samana sarêng laku / lan duk Batur Tastara mulih / ngaso ngisoring wrêksa / maksih ayêm turu / sang aduta nulya nyêlak / gugah-guga hkanthi anyuwara lirih / ngucap maring kang nendra //

hèh ki sanak lah andika tangi / kula arsa têtanya andika / punapa inggih yêktose / andika tiyang purug / kang katêmbèn manjing Padhali / katitik ananira / katêmbèn lêlaku / kang anêmbe kasayahan / sêmunira ing angga maksih katawis / sanès janma ing praja //

lah kisanak andika wèh warti / punapa ta andika tan priksa / menda kalawan cêmpene / klangênan dalêm prabu / kang mêngkoni Padhalisiwi / apan wus dangu musna / kang pawarti samun / rèhning andika wong mônca / bokmanawi nèng marga midhangêt warti / kawontênan punika //

tan sumaur Batur kêthip-kêthip / saking dahat akagyat kaliwat / ginugah angêgètake / ri wusing rasa tungtum / nuli alon dènnya mangsuli / kula datan uninga / kagunganing ratu / kang ical binêkta dhustha / lawan malih sawarnining warta sêpi / ing bab gatining karsa //

kula janma prapta saking wukir / arsa tuwi mring Padhali putra / kêsayahên ngaso mangke / saking dayaning bayu / kang tumêmpuh kadi nepasi / sakala kula nendra / anglêr lir binandul / saking kasok kasayahan / datan pisan angrasa kalamun guling / kula kagyat sakala //

yèku dupi andika takèni / lagya èngêt sawusing antara / dene wontênipun mangke / andika têrang tuhu / kula botên nêdya ngilapi / kula datan uninga / patanyan sadarum / marma kula mung sumôngga / rèhning sabab punika langkung wigati / kugunganing narendra //

duta datan pêgat mawas titi / marang janma kang amêdhar ucap / wusana sarêng sabdane / ingsun waspada tuhu / datan kêni sira kilapi / sira Batur Tastara / tungguling para dur / kang nguni wèh karusakan / ngobrak-abrik têntrêming praja Padhali / mangkya sira kapanggya //

pantêsira wignya ulah uni / apratela kadi nèng pradata / labêt saka kulinane / lêbda ngêlêmês rêmbug / hèh ta Batur sira samangkin / têtêp arsa sun priksa / ing katêmênanmu / lah apa kang sira gawa / lah ulungna ingsun pariksane titi / mara kene tuduhna //

tan sawala Batur mung nglilani / ngaturakên sanggyèng bêktanira / warni kadya kanthong gêdhe / alon binuka sampun / ing sakala wontên kaèksi / menda mancolot mêdal / tinut cêmpenipun / lincak-lincak dahat suka / dene Baturtastara tan pisan ngrêti / dadining kaelokan //

angupaya anak miwah rabi / wus tan ana sumandhing samana / amung kari lungguh dhewe / ing tyas gêtun angungun / dene manggih elok kapati / datan kêni ginrayang / sing pangrasèng kalbu / wusana Batur sakala / cinandhak ing wadya cinandhak ing wadya kinurêpkên siti / kanthi sêrêng angucap //

sira nyata gêgêlahing bumi / datan pisan adarbe rumasa / anggung cidra salawase / gonira ngaku-aku / apratela galur atiti / tarlèn amung mèt reka / luputing dosamu / lah ing mêngko rasakêna / wisesaning nata kang arsa tumitih / marang kaananira //

dyan pinagas Ki Batur ngêmasi / ing sakala datanpa sêsambat / tumuli tinilar wangke / kang menda miwah sunu / nulya katur mring sri bupati / sri nata dahat suka / ing wêkasan sukur / tan kêndhat mêmuji arja / mrih sambada lulusing praja lêstari / datanpa sambekala //

diwasaning laku kang pinanggih / tata têntrêm ing Padali putra / tan pinangguh sangsayane / sang hyèng rêtu sirna wus / arjanira ngangsêg mratani / pra janma suka-suka / rajakaya tulus / tani tanpa sambekala / among dagang tumindakira lêstari / têtêp sarwa sambada //

wus palêstha kang pati winadi / kang satuhu tan kêna kinira / pati ing môngsa kalane / kalamun arsa rawuh / janma datan bangkit sumingkir / sanadyan pêpagêra / pagêr wêsi kukuh / kalamun kang pati têka / tan kapalang santosaning pagêr wêsi / kalakon lan sakeca //

awit nyata sajatining pati / tanpa cacah pancenaning marga / janma tan bangkit umire / nanging kalamun tuhu / janma titi dènnya sumingkir / nyingkiri mring pêpêjah / kang linut bêbêndu / sanadyan ta tumêkaa / praptanira sayêkti tan mitunani / pira bara wèh suka //

nanging yogya ywa pisan ngrasani / anyênyadhang tibaning antaka / yogya anggayuh enake / sajrone maksih idhup / tabêria tindak nastiti / tapakira mrih tata / tan kongsi tumpangsuh / kalamun wus srêg sakeca / kongsi lali tan darbe kongsi ngawaki / wus aran sèwu bagya //

Tamat.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 34, 27 Dulkangidah Taun Ehe 1860, 26 April 1930, Taun V

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [519] ---

Ôngka 34, 27 Dulkangidah Taun Ehe 1860, 26 April 1930, Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Kajawèn Kadakwa Ngantuk

Ing sêrat kabar Darmakôndha ingkang mêdal dintên Kêmis tanggal 17 April ingkang kapêngkêr punika, wontên panyaruwenipun sadhèrèk sarjana, ingkang ngagêm asma sêsinglon Hs. kados ing ngandhap punika:

1e. Amastani, bilih Kajawèn ngantuk, jalaran anyêbutakên tanggal 19 April dintên agêng mekradipun Kangjêng Nabi Muhammad s.a.w. Sanadyan wara-wara ingkang lêpat wau, wara-waranipun administrasi, ewasamantên ing sarèhning sadaya isinipun Kajawèn punika dados têtanggêlaning uprêdhaktur ingkang mandhegani kalawarti wau, dados ingkang wajib dipun lêpatakên, langkung malih ingkang pantês dipun wastani ngantuk, botên liya kajawi namung uprêdhakturipun, inggih punika kula. Jalaran saking punika, kula nyuwun gunging pangaksama dhatêng para maos mênggahing kalêpatan wau, punapa malih dhatêng sadhèrèk Hs. kula matur sèwu nuwun, dene panjênênganipun sampun paring pêpèngêt dhatêng kula, lan salajêngipun kula jangji badhe tansah sadhiya kopi tubruk, murih ing têmbe wingking sampun ngantos ngantuk malih.

2e. Kacêkak kemawon, sadhèrèk Hs. amastani, bilih Kajawèn andakwa, yèn bab pêncaripun agami Islam punika, sarana latu pêpêrangan, sarta anêdahakên karangan ing bab pêrang bènsin ing Kajawèn ôngka 24, ananging botên andumuk pundi ingkang nuwuhakên pandakwa wau.

--- 520 ---

Mênggah pangintên kula, kintên-kintên ukara ingkang mungêl makatên: pêrang agami, upaminipun cara anggènipun mêncarakên agami Islam ing donya kala ing jaman kinanipun, punika ugi anjalari tiwasipun tiyang pintên-pintên yuta, makatên salajêngipun. Manawi lêrês pangintên kula, sarta ukara wau lajêng adamêl botên rênanipun para sadhèrèk muslimin, langkung malih dhatêng sadhèrèk Hs. kula, atas namanipun tukang obrol dintên Sabtu, sadhèrèk Smt. nyuwun gênging pangapuntên, awit mênggahing Kajawèn, dêmi Allah dêmi Rosulullah, salugut pinara pitu, botên pisan-pisan anggadhahi sêdya utawi pikajêng badhe adamêl tatunipun panggalih para umat Islam. Utawi sanèsipun, ananging kaparênga matur sakêdhik, ewasamantên manawi wontên kalintunipun atur kula punika, mugi para maos paringa samodra pangaksama. Miturut cacriyosan Islam, tuwuhipun wayuh, punika inggih jalaran saking kathahipun tiyang jalêr ingkang sami pêjah wontên ing madyaning paprangan. Mênggah andharanipun cêkakan kados ing ngandhap punika:

Sadèrèngipun agami Islam tuwuh ing donya, kawontênanipun ing donya saklangkung ruwêd, langkung malih tumraping tiyang alakirabi, saya-saya ing tanah Arab. Kala samantên tiyang wayuh punika nama limrah, malah ing sawênèhing nagari tiyang èstri prasasat dipun anggêp bêkakas kemawon, manawi sampun botên kangge kenging kabucal. Sarêng agami Islam wiwit kapêncarakên, têtiyang ingkang sami ngrasuk agami wau, sami miwiti semah tiyang èstri satunggal. Panutan kita piyambak aparing tuladan, bilih anayogyani dhatêng semah satunggal, buktinipun wiwit yuswa 25 taun, ngantos yuswa 54 taun, garwanipun namung satunggal, inggih punika Dèwi Khatijah. Sarêng tumindak yuswa 54 taun, panjênênganipun Kangjêng Nabi lajêng krêsa krama langkung saking satunggal, sarta lajêng paring palilah dhatêng para kawulanipun kaparêng sami somah langkung saking satunggal, nanging botên kenging langkung saking sakawan. Wontênipun pranatan enggal ingkang makatên wau, jalaranipun botên sanès sabab saking kathahing para rôndha, ingkang sami tinilar pêjah ing lakinipun wontên ing paprangan, kados ta pêrang wontên ing: Jamal, Ohud, Khebar, Badar, lan sasaminipun. Namung ing sarèhning ing ngriki botên badhe angrêmbag ing bab wayuh, kula cugag samantên kemawon atur kula, pikajêng kula namung badhe ngaturakên kathahing têtiyang ingkang sami sirna ing paprangan kala jamanipun agami Islam dipun pêncarakên ing donya punika. Kajawi punika, kados-kados cariyos Menak ugi anyariyosakên, anggènipun Tiyang Agung Menak tansah andon pêrang, anêluk-nêlukakên para nata murih sami angrasuk agami Islam, pintên têtiyang ingkang sami tiwas wontên ing madyaning paprangan wau, para maos sagêd ngintên-intên piyambak. Namung samantên atur kula ing bab punika.

3e. Sadhèrèk Hs. mastani bilih Kajawèn ôngka 26 nyenggol ing bab asoring drajatipun para umat Islam ing jaman kina, inggih punika rêmbagipun Garèng lan Petruk, nanging ugi ing ngriki botên kadumuk ukara pundi ingkang kadakwa makatên wau. Kintên kula inggih ukara-ukara

--- 521 ---

ingkang mungêl makatên: mangkono uga sing diarani têlênging kasusilan Islam ing jaman biyèn, yaiku ing kutha Konsêtantinopêl alias Sêtambul. Kala samono ing kutha mau, ing ngêndi-êndi kacêluk akèhe para ngulama, para sing luhur bêbudène, prasasat ora ana sing mandhingi, nanging cacahe wong sing luwih saka asor bêbudène, iya ora ana nagara Islam sing ngungkuli. Mênggah kajêngipun ingkang ngarang damêl wawasan ingkang makatên wau, botên punapaa, namung badhe adamêl pêpandhingan wontênipun satunggal-satunggaling kitha, ingkang kasêbut kitha têlênging kasusilan, punika mêsthi wontên têtimbanganipun, têgêsipun: wontên ingkang sae sangêt, nanging kosok-wangsulipun ugi wontên ingkang awon sangêt. Manawi Kajawèn gadhah niyat kadospundi-kadospundi, ing sarèhning Kajawèn ugi anyêbut sae lan awonipun ing kitha Paris, têlênging kasusilan Eropah, utawi ing kitha Romê, têlênging kasusilan Nasrani, kenging punapa botên lajêng dipun dakwa angasorakên drajatipun bôngsa Eropah, utawi drajatipun para umat Nasrani. Kados botên prêlu kula matur kathah-kathah, mindhak sagêd anjalari gèsèhing pamanggih kemawon. Ewasamantên, manawi sêratan ing Kajawèn kasbut nginggil taksih mêksa kaanggêp awon, awit saking namanipun kalawarti Kajawèn, kula nyuwun sih pangapuntên dhatêng para sadhèrèk muslimin sadaya, makatên ugi dhatêng sadhèrèk Hs. Mila inggih angèl sayêktos tiyang dados redhaktur punika, sanadyan anggadhahi kayakinan lêrêsipun punapa ingkang kasêrat, manawi kabiyak-biyak, tiyang sanès mêksa badhe sagêd manggih awonipun.

Kula, uprêdhaktur Kajawèn

[Grafik]

Kados ingkang sampun kawartosakên, dèrèng dangu Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana, bidhal saking Bêtawi dhatêng SurayaSurabaya. nitih mêsin mabur K.N.I.L.M. prêlu anjênêngi konpêrènsining para residhèn saha bupati wontên ing Malang. Ing nginggil punika gambaripun tamu agung wau dalah sapandhèrèkipun nalika rawuh ing Surabaya kapapagakên dening Tuwan Gupêrnur Hardeman.

--- 522 ---

Panggulawênthah

Prayogi pundi: pintêr aling-aling bodho (pintêr ngakên bodho) tinimbang: bodho aling-aling pintêr (bodho ngakên pintêr)

Pitakenan ing paribasan nginggil punika kula wangsuli: prayogi ingkang pintêr aling-aling bodho.

Mênggah pintêr aling-aling bodho, utawi bodho aling-aling pintêr, ingkang sagêd anglampahi namung tiyang ingkang pancèn gadhah watak makatên, dados botên sadaya tiyang pintêr uatwi bodho sagêd anglampahi.

Mila kula sagêd mastani, bilih pintêr aling-aling bodho punika prayogi, upami kemawon bab: ngolah têtêdhan, tiyang èstri ingkang dhasar mangrêtos ngolah têtêdhan ingkang èdi lan eca raosipun, nanging kapintêranipun wau botên nate kapamèrakên ing liyan, ngantos tiyang sanès botên sumêrêp, bilih piyambakipun gadhah kapintêran kados makatên, samôngsa pinuju wontên prêlu, malah andadosakên pangeram-eraming tiyang sanès, sagêd pikantuk pangalêmbana, tarkadhang lajêng wontên tiyang ingkang maguru kêpengin dipun wulang olah-olah. Inggih lêrês tiyang bodho punika kathah ajêngipun badhe dipun ina ing tiyang, nanging sanajana dipun ina, manawi dhasaripun pancèn pintêr, rak ingkang ngina wau tamtu badhe kawêlèh, sasampunipun kawêlèh lajêng ering, tarkadhang lajêng anjalari thukul katrêsnanipun.

Dene bodho aling-aling pintêr, têgêsipun: sajatosipun bodho, nanging pangakênipun pintêr lan sok dipun pamèrakên ing liyan, malah tarkadhang sok purun nacad dhatêng kapintêraning tiyang sanès. Tiyang ingkang gadhah watak makatên punika, limrahipun namung saking lingsêm, ambokmanawi ngantos dipun wastani tiyang bodho.

Mênggah saking pamanggih kula, bodho aling-aling pintêr punika kirang prayogi, sabab tiyang ingkang gadhah watak kados makatên, kêrêp kawêlèh lan kalingsêman, upami kemawon bab: ngolah têtêdhan kados ing nginggil: tiyang èstri ingkang sajatosipun babarpisan botên mangrêtos olah-olah ingkang eca, nanging ngakên mangrêtos, lajêng kêtanggor sanakanipun gadhah prêlu nyambat supados olah-olah, tamtu lajêng ngupados sabab kangge pawadan botên sagêd dhatêng olah-olah, kados ta: botên sagêd sabab kathah padamêlan ing griya, sakit ngêlu, badhe kesah tuwintuwi. sanak sadhèrèk sakit, makatên salajêngipun. Sanajan makatên, botên sande ing têmbe badhe kêwêlèh umukipun, inggih punika têmtu konangan bilih sayêktosipun botên sagêd olah-olah, rak inggih nama kalingsêman ta.

Karangan kula punika anggadhahi pikajêng sagêda dados pêpèngêt makatên: sintên ingkang kadunungan kapintêran punapa kemawon, prayogi kapintêranipun wau kasimpên, kawêdalakên samôngsa [samông...]

--- 523 ---

[...sa] wontên prêlunipun, manawi wontên ingkang nêdha pitêdah, prayogi dipun pitêdahi, nanging sampun sok kapamèrakên utawi kaumukakên, sabab bilih ingkang dipun umuki wau ugi kadunungan kapintêran kados makatên, sok sagêd bêntèr manahipun, wêkasan sagêd angwontênakên parapabên rêbat unggul kapintêran. Beda kalihan kapintêran ingkang kangge panggêsangan, kados ta upaminipun: sagêd main sulap, sagêd dados dhukun, sagêd anggambar, tukang sêpatu, andandosi èrloji, sasaminipun, punika prêlu kasumêrêpakên ing tiyang sanès minôngka kangge têtawi, sabab yèn botên makatêna, badhe botên sagêd pikantuk arta. Dene tiyang ingkang pancèn dhasar bodho, prayogi nrimaha kemawon, ngrumaosana bodhonipun, botên prêlu lingsêm dipun wastani bodho, dhasar sayêktosipun inggih bodho, awit manawi ngakên pintêr, ingkang adat sok kawêlèh lan kalingsêman.

Wasana kula nyumanggakakên cêkap samantên kemawon.

Supardan, Purwakêrta.

Paribasan

Andum Amilih

Andum amilih punika paribasan prasaja sangêt, kajêngipun tiyang ambage, nanging punapa kemawon ingkang dipun bage, lajêng milih rumiyin. Tamtunipun pamilihipun wau inggih mêndhêt ingkang mikantuki dhatêng badanipun piyambak. Yèn ta awarni barang inggih milih ingkang sae, yèn padamêlan milih ingkang mayar, dados kajêngipun botên prayogi.

Botênipun prayogi wau, awit mênggah tiyang dipun pitados mandum, kêdah kêdunungan watak ngadil, môngka botên, tamtu kemawon lajêng katingal piyambak mênggahing botên prayoginipun. Nanging kados inggih sintêna kemawon tamtu kapengin badhe sumêrêp tiyang mandum ingkang anggêpok badanipun piyambak ingkang botên gadhah pamilih, punika kapadosana ngrêkaos.

Ingkang katingal, saha botên pakèwêd dipun wawas, punika tumrap tata gêsanging lare alit, kados ta lare manawi kajibah mandum punapa-punapa dhatêng sadhèrèk, upaminipun têtêdhan, anggènipun nindakakên bage rumaos kawêkèn sangêt, rumaosipun botên sagêd trêp sami, nanging sajatosipun ingkang botên sami wau pangraosipun, awit kêdhêdhêran manah nêdya angsal ingkang langkung kathah, dene sagêdipun marêm, inggih manawi sampun angsal langkung kathah sayêktos.

Wêwatêkan makatên wau sayêktosipun botên namung dumunung wontên ing lare alit kemawon, ugi ragi limrah katindakakên ing tiyang sêpuh, namung beda sawatawis, tumraping tiyang sêpuh kamelikanipun botên namung dhumawah ing badanipun piyambak, [piyamba...]

--- 524 ---

[...k,] ugi numrapi dhatêng sanak sadhèrèk, santana tuwin pawong mitra, nanging sadaya wau inggih atêgês mêkaraning badanipun.

Tumraping bêbasan andum amilih, limrahipun namung kangge nyanepakakên tumrap tiyang amandum siti lajêng milih piyambak. Tamtunipun mênggahing siti, pinanggihipun inggih namung wontên ing kala jaman mirah siti, cêthanipun inggih kala jaman taksih wontên pêpêrangan, dêdongenganipun makatên:

Kala ing jaman kina, ing tanah Jawi botên wontên kèndêlipun tansah wontên pêpêrangan, lêpatipun saking para alit ingkang damêl gêgunungan nêdya ngagêngakên wêwêngkon, inggih tuwuh saking para agung ingkang badhe ngagêngakên panguwaos. Mila pinanggihipun kala jaman samantên, botên nate têntrêm, sakêdhap-sakêdhap barusahan, saya malih tumrapipun tiyang alit ing dhusun, botên sagêd têntrêm anggènipun mêngku bale griya, gêsangipun namung gumantung wontên ingkang nguwaosi, inggih punika ingkang mênang. Wontêning barusahan dhumawah ing tiyang dhusun, awit tiyang dhusun punika kalap sadayanipun, inggih bau inggih wos pantunipun. Bau migunani dhatêng kasantosaning prajurit, rijêki tumônja dados pikuwating gêsang. Dados para ambêg prawira kala ing jaman kina, têtela bilih kêkiyatanipun sinanggi ing para kawula alit ing dhusun.

Tumindaking lampah pêpêrangan dipun tindhihi ing tiyang piniji, ingkang dipun wastani senapati. Inggih senapati wau ingkang wênang anjênang ebor, mranata ing sadayanipun, pinanggihing awon sae inggih wontên ing senapati.

Awratipun tiyang dados senapati, botên baèn-baèn, tiyang ingkang botên kadunungan manah kaluhuraning prajurit, botên dumugi anggagas, agêngipun kapengin dados senapati. Nanging mênggah agênging panguwaosipun, sintêna kemawon kapengin anglampahi.

Rêrigêning senapati kalanipun paprangan, amisudha tiyang dados prajurit, kanthi amanci têdhanipun. Tamtu kemawon pamilihing punggawa wau kanthi panimbang ingkang mikantuki, makatên ugi ing bab pêpancèning têdhanipun, ugi kagalih prayogi, dene ingkang dados pancèn têdha wau siti.

Mênggah kalimrahipun pinanggihing tindak wau andum amilih, nanging botên nama awon, awit andum saha pamilih wau tumônja dados jalaran. Dene andum amilih ingkang nama awon, punika ingkang mêngku kamelikan lugu. Kados ingkang kapratelakakên ing nginggil.

Sarêng dumugi têntrêming jaman, kamulyaning para punggawa katingal, sami abêngkok siti êloh, malah salajêngipun sagêd tumurun dhatêng anak putu. Sanadyan sampun dumugi canggah warèng, manawi dipun utus manginggil, taksih katingal labêtipun.

Nanging sarêng jamanipun ewah, kawiryan kêdah dipun angkati piyambak, kamulyan turunan wau lajêng ical, dene pinanggihipun malah saya prayogi.

Wosing karangan punika nalurèkakên lajênging paribasan andum amilih, èmpêripun kados makatên.

--- 525 ---

Bab Ringgit

Gunungan

Para maos tamtunipun botên kêkilapan dhatêng ringgit ingkang nama gunungan, inggih kayon. Nanging ing ngriki prêlu kapratelakakên sakêdhik, kenging kangge jangkêp-jangkêp cariyos bab ringgit.

Mênggah gunungan punika lugunipun inggih nama kayon, awit wujudipun amêtha kêkajêngan agêng, mila manawi dhalang ngringgit sampun rampung, panutupipun mawi nancêbakên gunungan wontên ing têngah, dipun wastani tancêp kayon, kajêngipun sampun têlas.

Gunungan punika kangge tôndha warni-warni, kados ta: manawi dipun tancêbakên ing têngah, atêgês ing ngriku botên wontên punapa-punapa, upaminipun ing sadèrèngipun jêjêr, gunungan sampun tumancêp ing têngah, punika botên gadhah kajêng punapa-punapa, namung atêgês suwung. Yèn ta dipun piridna ing jaman tonil-tonilan, dados gêbêring jawi piyambak, wontênipun gêgambaran ingkang katingal botên araos gêsang, namung dados sawangan kemawon, makatên ugi mênggahing gunungan.

Gunungan ugi kangge pêpindhaning gapura karaton, kanggenipun manawi nuju ngajêngakên kadhatonan, ing gunungan wau inggih wontên pêpêthanipun kori, ingkang dipun dèkèki rêrênggan rêca kêkalih ngapit-apit gapura, dipun pindhakakên Bathara Cingkarabala tuwin Balaupata, dewa ingkang rumêksa korining suwarga. Anggènipun gunungan dipun angge makatên wau kalanipun bibar jêjêr, inggih punika sajêngkaripun nata sinewaka, sadumugining ngajêng gapura lajêng kèndêl, nata wau lajêng nyawang kawontênaning gapura, sarana dipun ucapakên ing ki dhalang ing bab rêrêngganing gapura tuwin kawontênaning karaton.

Têtêmbunganing dhalang wau nama umpak-umpakan, awit sadaya ingkang kangge mindhakakên sami langkung saking mêsthi, kados ta ngucapakên agênging gapura kados rêdi Sêmèru, inggilipun ngungkuli wit kalapa, pucaking gapura dipun dèkèki mirah agêngipun saêpuhjênggi, sorotipun ngantos ngêmbari srêngenge. Môngka puhjênggi punika alit-alitipun sakalapa. Tuwin taksih kathah ucap-ucapan malih ingkang ngrêrêngga agêng saha kaluhuraning kadhaton ingkang dipun ucapakên wau, sadaya sami nama umpak-umpakan. Mênggah kajênging umpak-umpakan wau prêlunipun kangge anggêsangakên côndra, awit ucapipun ing ngriku sadaya angangkah damêl gêsangipun ingkang dipun ucapakên.

Kangge mindhakakên angin, kados ta manawi nuju pêpêrangan ngêdalakên pangabaran angin, punika gunungan dipun lampahakên kados mêdal saking badaning ringgit ingkang ngêdalakên pangabaran, panêmpuhipun dhatêng mêngsah kados angin agêng angatutakên tiyang. Makatên ugi tumrap Radèn Bratasena kalanipun ngêdalakên bayu. Gunungan ingkang dipun pindhakakên [pi...]

--- 526 ---

[...ndhakakên] angin wau lampahipun kêdhêr, inggih sumiyut, tumrap pangraosipun tiyang ingkang ningali, kados anggadhahi raos angin yêktos.

Kangge mindhakakên latu, punika ugi kalanipun nuju ngêdalakên pangabaran, ambêsmi, anggènipun anglampahakên sami kemawon. Nanging dipun walik, gunungan kangge mindhakakên latu, mirid saking pulasing gunungan ingkang sasisih abrit byur.

Kangge mindhakakên wana utawi rêdi, inggih punika kalanipun sinatriya ngambah wana utawi mandhap saking rêdi. Manawi kangge mindhakakên wana katingal mungguh, awit ing gunungan ngriku inggih wontên gambaraning kewan.

Kangge gêdhong, inggih punika kalanipun pondhongan.

Ing nginggil sampun kacariyosakên, bilih gunungan punika manawi tumancêp ing têngah suwung botên wontên punapa-punapa, punika tumrap wontênipun salêbêting wayangan ugi makatên, kados ta manawi gunungan tumancêp, anandhakakên mêgat cariyos, badhe santun cariyos sanès, dene manawi kasêsa wancinipun, namung dipun lampahakên wongsal-wangsul kemawon wontên ing kêlir, sampun atêgês nyigêg lampahan.

Tumrap tiyang ningali ringgit, saya tumrap lare alit, manawi nuju mêdal gunungan punika rumaos botên sênêng. Nanging mênggahing sajatosipun, kalanipun mêdal gunungan punika, dhalang ngucapakên pagêdhonganing cariyos kanthi cêkakan, nyambêti cariyos ingkang sampun, kalihan nyandhak cariyos ingkang badhe dipun wiwiti malih. Punapa malih manawi nuju ngucapakên alas-alasan, tuwin sanèsipun ingkang botên mawi mujudakên ringgit, punika ugi botên tilar sêngsêm.

Dados mênggahing gunungan, punika sajatosipun inggih gadhah raos gêsang.

Têtanèn cara Cisaruah Bogor

[Grafik]

Mênggah caraning ngulah siti tumrap ing Bogor, wontên tiyang maluku namung ngangge lêmbu satunggal. Punika tumraping têtiyang ing nagari ingkang botên nindakakên kados makatên, tamtu anganggêp botên prayogi, awit limrahipun ngangge maesa sarakit, tur bênthung-bênthung. Nanging sampun kasupèn dhatêng têtêmbungan: desa mawa cara, nagara mawa tata.

--- 527 ---

Pawartos Wigatos

Têtandhingan Karangan Kangge Petangan Cacah Jiwa Taun 1930

Kantor pametang cacah jiwa (volkstelling) taun 1930 martosakên, bilih kantor wau sampun nampi karangan saking para guru ing saindênging tanah Indhonesiah, ngantos atusan, inggih punika karangan têtandhingan kangge petangan cacah jiwa taun punika.

Ing bab isi saha gambaripun karangan-karangan wau kathah ingkang andadosakên panujuning galihipun tuwan-tuwan ingkang jumênêng kumisinipun, awit ing karangan-karangan wau cêtha, bilih para guru wau kathah ingkang sampun ambudidaya andamêl karangan ingkang sae saha nyênêngakên manah.

Wohing pambudidaya wau benjing tumindaking petangan cacah jiwa, sampun tamtu badhe agêng paedahipun tumrap prêlu umum.

Awit saking punika kumisi ngaturakên gênging panuwunipun dhatêng para guru wau.

Ing wiwitanipun wulan April punika panampining karangan kangge têtandhingan wau sampun katutup, jalaran sêdyanipun kumisi, botên dangu malih badhe ngumumakên ing sêrat-sêrat kabar, pundi karangan ingkang angsal ganjaran utawi ingkang angsal sêrat pangalêmbana.

Bab Lampahing Kajawèn

Ananggapi karanganipun sadhèrèk K. 3377 ingkang mêdal ing kalawarti Kajawèn ôngka 28, wosipun anggalih bab rêndhêting lampahing Kajawèn, punika kasinggihan sangêt, pancèn sampun sawatawis dangu anggèn kula gadhah krêntêg pados pamanggih kadospundi prayoginipun kêkasih kita rara Kajawèn lampahipun sagêd lulus dumugi ing pundi ingkang dipun tuju, ananging mêksa dèrèng sagêd angsal wêwêngan ingkang prêmati. Ing salêbêtipun kula gadhah pamanahan ingkang kados makatên wau, saupami kula punika dèrèng kapanjingan trisna sangêt dhatêng rara Kajawèn, punapa malih manah botên kasabar-sabarakên, kêkasih kula wau rak sampun kula sukani sêrat talak (pêgat), kabêkta saking punapa, botên sanès jalaranipun kados ing ngandhap punika.

I. Dhatêngipun Kajawèn, kenging kaparibasakakên lumpat kidang, têgêsipun makatên, upami mêntas karawuhan rara Kajawèn ôngka 1, 2, 3, 4, sarêng dumugi ôngka 5 botên karsa rawuh. Ôngka 6, 7, 8, rawuh malih, ingkang ôngka 9 inggih botên karsa rawuh, makatên sapiturutipun, mampir wontên ing pundi kula botên têrang.

II. Têrkadhang sarêng rara Kajawèn thimik-thimik sagêd lulus lampahipun, jêbul sampun awujud pating calerong botên angrêsêpakên, punapa malih [ma...]

--- 528 ---

[...lih] sêmêkanipun (ban) sampun suwèk, bêgja-bêgjanipun sampun kêndho, katingal mêntas dipun lukari. Kintên kula kemawon rara Kajawèn punika lampahipun wontên ing margi mawi wiraga ingkang tansah angiwi-iwi mèmpêr Mas Ajêng Sakarin, saya luconing Mas Petruk raosipun cêmêthil kados bakaran klungsu. Sanadyan makatêna nanging bok inggih mawi têpa-têpa, yèn sampun cêkap prêlunipun punika prayogi dipun lilanana nêrusakên lampah.

Ing wasana mugi para maos kaparênga paring pangapuntên.Sanadyan panyaruwe ing nginggil punika botên cêplos anyariyosakên nagari pundi, nanging ugi sagêd angèngingi dhatêng sintên kemawon ingkang gadhah tindak kados makatên, awit redhaksi Kajawèn inggih botên kêndhat tampi sêrêgan bab lampahing Kajawèn.

Ki Ajar Saloka.

Jagading Wanita

Ngumbah-umbahi tuwin nyêtrika pangangge.

Tumraping tiyang gêgriya, sami-sami padamêlan, ingkang kapetang kathah warninipun punika namung bôngsa padamêlan èstri, mila dados tiyang èstri makatên yèn dipun manah panjang, ing bab awrating têtanggêlan prasasat mèh sami kemawon kalihan têtanggêlaning tiyang jalêr. Awit kajawi kêdah sagêd adamêl tata têntrêming bale pemahan saisèn-isènipun sadaya, inggih kêdah mangrêtos tuwin angatos-atos ing bab lêbêt wêdaling arta, tuwin sampun ngantos kêkirangan.

Upaminipun tiyang jalêr blônja f 50.-, anak kathah, samukawis tansah sarwa ambêrahakên, griya nyewa, barang-barang tumbas, padamêlan saênyèk arta, môngka tiyang èstri namung trimah awêdhak pupur, angrêrêngga busana saha sagêdipun namung trimah prentah kemawon. Ingkang makatên punika bokmanawi asring dhumawah ing susah amargi kêkirangan, mila ingkang prêlu dados pamanahan inggih kaum kita ingkang pamêdalipun namung sakêdhik.

Ing ngriki kula tumut urun udhu ing bab kawruh nyêtrika. Sanajana bab nyêtrika punika padamêlanipun juru malantên (tukang pênatu), nanging gampil katindakakên dening sadhengah tiyang èstri, dados sagêd nyênyuda wêdaling arta sawatawis, inggih punika ingkang mêsthinipun katampi ing tukang pênatu. Saha malih sanajan mênatu wau kalêbêt padamêlan gampil, nanging manawi botên nate sinau inggih botên sagêd. Wondene tumindaking damêl ugi kaangkaha sakuwagangipun, mênggah têrangipun makatên:

Pangangge ingkang rêgêd kagodhoga mawi sabun rumiyin ngantos umob, nanging sampun ngantos gosong, dados kêdah dipun pratikêlakên kados patraping tiyang ambabar sêratan. Sasampunipun makatên kaêntas, karêndhêm ing wadhah panggodhogan wau watawis sadintên sadalu, supados luntur rêrêgêdipun. Dene tumrap pangangge ingkang mawi sêkaran abrit, ijêm, biru sapanunggilanipun,

--- 529 ---

tur sagêd luntur botên prêlu kagodhog, samantêna ugi botên kenging kaêmor ing barang-barang ingkang pêthak. Mindhak anglunturi.

Sasampuning kapêndhêt saking pangrêndhêman, nuntên kakumbah mawi kakêplok, nanging sampun ngantos kêrosan mindhak nyuwèkakên barang. Sasampuning kawanting lajêng kaêpe wontên ing papan bêntèr, wontên ing ngriku dipun usar-usari sabun malih, bokmanawi wontên rêrêgêdipun ingkang lèngkèt, dados sagêd ical babarpisan. Yèn sampun malêm kakêplok malih, lajêng kagirah ngantos rêsik, yèn wontên balêntong, môngka ngangkah icalipun, kenging ugi kagosok mawi janggêl kanthi sabun. Sarampunging panggirah lajêng dipun kalanthang ngantos garing. Yèn sampun garing nuntên dipun kanji. Kanji wau pathi pohung, pathi garut utawi tajin. Panganjinipun kaêmorana nilawrêdi, sampun kêkathahên, kaangkaha namung rêmu-rêmu, sasampunipun kapêrês nuntên kaêpe ngantos garing.

[Grafik]

Pamulangan kagunan èstri ing Pariyaman, Sumatrah Kilèn.

Yèn barang-barang kanjèn wau sampun garing kaêntas, katumpuk ing meja sêtrikan, kapyur-pyuran toya supados dados lêmês, murih waradin kaulêt-ulêt sawatawis.

Sasampunipun makatên lajêng miwiti nyêtrika, kaangkaha sampun ngantos gosong utawi kabêsmi, mila pundi ingkang kirang malêm dipun osèr-osèri toya ngangge kacu ingkang pêthak tur rêsik. Miwiti saking bagian gêgêr punapa lêngên, punika kanggening bôngsa rasukan, sakêparêngipun kenging kemawon, samantên ugi tumrap barang sanèsipun.

Mênggah paedahipun barang-barang sêmbêt dipun sêtrika supados botên anjêngkêrut, nanging klimis, dados rêsik lan sae, saha malih sakeca anggenipun.

Wondene papan ingkang badhe kangge nyêtrika wau kêdah mawi kalemekan barang ingkang sawatawis kandêl sarta êmpuk. Samantên ugi sêtrikanipun, manawi awis-awis kangge prayogi kagosok rumiyin mawi gêrusan banon, supados ical timbrahipun, botên ngrêgêdi barang sêtrikan.

Sampun, anggèn kula urun namung dumugi samantên punika, bilih wontên kêkiranganipun nyuwun pangaksama, jêr wosipun namung mêmèngêt kawajibaning èstri punika supados ragi sagêd nyênyuda wêdaling arta, têgêsipun anggêmèni kaskayaning tiyang jalêr.

Juwariyah, Tumpang.

--- 530 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Pangajaran Tumrap lare Budhêg Bisu tuwin Lare ingkang Suda Pamirêngipun.

Petruk: Ora Kang Garèng, aku arêp takon nyang kowe, mungguh sababe bae apa, wong kuwi nèk bisu, kupinge kok ora tau cêmêngkling, nanging budhêge malah anjampêng. Iki arane rak diukum dhobêl, padhane kaya priyayi sing dhêmên ropyon-ropyon ambuwangi dhuwit, nanging rada kêlepyan sing dibuwangi mau dhuwite nagara, hla kuwi ukumane iya gêgandhengan kaya pêngantèn anyar, têgêse: ya dikon ngalironi dhuwit sing wis dianggo, iya dikon rêngêng-rêngêng ana ing hotèl prodheo. Yak, diukum kuwi bok ya siji bae, nèk bisu ya bisu bae, nèk budhêg ya budhêg bae. Dadi sathithik-sathithik bisa anggêmagus.

[Grafik]

Garèng: Lo, aku kok ora ngrêti kandhamu kiyi, nèk mung pinaringan cacad siji bisa anggêmagus, kuwi kapriye karêpmu.

Petruk: Kuwi mangkene, nèk mung budhêg thok bae, yèn omong-omongan karo wong liya, sing diajak omong aja nganti olèh papan kanggo amangsuli utawa mèlu omong, nanging kenene kudu têrus bae anggone ngêcuprus. Dadi wong liya ora bakal wêruh yèn kene budhêg jampêng. Yèn cacade mau mung bisu thok, dadi ora budhêg, banjur ngemba uriping wali, têgêse: nèk ana wong têka banjur gèdhèg-gèdhèg kaya wong sing lagi patakur, wusanane wong-wong akèh mêsthi anduwèni pêngira, yèn kenene kiyi bangsaning wali kêpêndhêm, dadi banjur kajèn, balik loro pisan, sanadyan arêp mêthènthèng sathithik bae, iya ora bisa. Mulane wong bisu kuwi sing akèh watake mêsthi cugêtan atèn lan brangasan. Sabab wong kaya mangkono kuwi, tumraping apa-apa, têmtune ya mung tansah langganan kaliru ing panômpa bae.

Garèng: Tumraping wong kang budhêg bisu, akèh-akèhing wong padha ngira, yèn cacad loro mau dhewe-dhewe, ya budhêg dhewe, ya bisu dhewe. Nanging sanyatane anggone bisu kuwi, ya jalaran saka anggone budhêg. Ing sarèhning wiwit lair ora tau krungu apa-apa, têmtune iya ora bakal tuwuh pikirane arêp ngomong apa-apa, lan jalaran sajêge ora tau ngomong, [ngo...]

--- 531 ---

[...mong,] pungkasane iya banjur ora bisa ngomong babarpisan, alias bisu. Murih têrange, mara kowe saiki dak takoni: rasane usarênslah kuwi kapriye.

Petruk: Sarèh, sarèh, têgêse têmbungmu kiyi tak ocèkane dhisik. Usar kuwi têmbung Walônda, têgêse: prajurit jaranan. Slah kuwi ya têmbung Walônda manèh, têgêse: têmpiling, dadi: usarênslah, têgêse: têmpilingane prajurit jaranan, wah, kiyi rasane nyang êndhas, mêsthine ya kliyêng-kliyêng têmênan.

Garèng: Wangsulanamu kiyi arane rak ngawur wijaya. Nanging aku iya ora bakal maido, aja manèh rasane kowe wêruha, lagi jênêngane bae kiraku ya lagi kiyi kowe krungu. Usarênslah kuwi dudu têmpilingan prajurit dudu barang, nanging araning olah-olahan cara Walônda, bangsaning sladhah kae, rasane, wah, pancèn ya angglabêt bangêt. Mara, kowe dhewe bisa wêruh, apa-apa sing durung kok rungu utawa kok wêruhi, têmtune kowe iya ora bakal bisa nyumurupi rupa apadene rasane. Mêngkono uga tumrape wong sing wiwit lair ginanjar budhêg, ing sarèhning sajêge ora tau krungu apa-apa, tamtune ya wis layak bae, yèn banjur ora bisa ngomong apa-apa.

Petruk: Wah, Rèng, nèk dipikir-pikir sarana pikiran sing ora bundhêl, pancèn iya mêsakake bangêt wong kang ginanjar budhêg bisu kuwi, awit tumrap gawean apa bae têmtune iya ora bakal dikanggokake. Nèk ginanjar kacukupan mono, kaya-kaya iya ora pati bangêt-bangêt nalangsane, balik sing mlarat, playune bae gèk nyang ngêndi hara. Ing môngka upama banjur dianakake konggrès tumrap wong budhêg bisu, kiraku ing tanah Jawa kene cacahe ora sathithik.

Garèng: Ing sarèhning ing tanah Jawa kene durung tau diprêlokake dicacahake sing têmênan, iya durung bisa kawêruhan cacahe wong budhêg bisu sing nganti cèplês, nanging saindênging tanah Indhonesiah kiyi, miturut kabar, cacahe sathithik-sathithike mêsthi ora kurang saka 40000 antarane samono mau, bôngsa Tionghwa kira-kira ana 2000 lan bôngsa Walônda 150.

Petruk: Wadhuh, la kok sasayahira mêngkono, ing môngka tadhahe mangan wong budhêg bisu kuwi rak iya ora beda aku kowe, ta. Lan têmtune wong sêmono kuwi rak iya ora kacukupan kabèh, ta. Apa tumêkane saiki durung ana pakumpulan sing duwe sêdya arêp mitulungi para budhêg bisu mau. Nèk pancèn mula samono kêjême jagad Indhonesiah kiyi, nganti lali karo sadulur-sadulure sing ginanjar sangsara mau, tak suwun-suwun marang Ingkang Kuwasa, muga-muga enggal tumuli kiyamata bae, mung dikèrèkna: para rôndha sing ayu-ayu lan aku dhewe.

Garèng: O, wong disambêr gêlap kaping sanga likur têmênan, ana mêmuji kathik melik enake dhewe bae mêngkono. Sanyatane pakumpulan sing sêdyane arêp mitulungi wong-wong sing budhêg bisu pancèn iya wis ana. Liya dina bae tak caritani sing nganti cêtha, saiki padha lèrèn samene bae dhisik.

--- 532 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah.

N.I.V.

Gêgayutan kalihan aksinipun Tuwan Natasurata saha Tuwan Frans ing nagari Walandi, damêl propagandhah angajêngakên dhatêng kamardikaning Indhonesiah nanging taksih gandhèng kalihan praja Nèdêrlan, Kangjêng Pangeran Arya Suryadiningrat ing Ngayogya ingkang jumênêng pangayoman, tuwin Mr. Kluiver saha Mr. Suripta, sami tilas pangarsa saha jumênêng eerelid pakêmpalan wau, sampun anglairakên botên condhongipun bilih Nederlandsch Indonesisch Verbond nyimpang saking dhêdhasaripun kabudayan lajêng nindakakên aksi pulitik. Ingkang makatên wau bilih têtela pakêmpalan wau sumêdya kadadosakên pakêmpalan pulitik, tuwan-tuwan kasêbut nginggil badhe mêdal saking N.I.V. Miturut pamanggihipun, tumindaking N.I.V. kêdah sairib kados Java-Instituut tuwin sapanunggilanipun, dados namung mligi bab kabudayan.

Pêrang bènsin.

Wontênipun pêrang bènsin sêmunipun sampun mèh sirêp. Wiwit dintên Sabtu ingkang kapêngkêr tumrap ing Bêtawi Socony sampun ngindhakakên rêgining bènsinipun, saking 12½ sèn dumugi ... 25½ ing dalêm salitêr, dados malah langkung 1 sèn katimbang nalika dèrèng tuwuh pêrang bènsin. B.P.M. taksih ajêg nyade 12½ sèn ing dalêm salitêr, nanging kadugi botên dangu malih ugi lajêng badhe kaindhakakên.

Saking Surabaya kawartosakên B.P.M. saha Socony sampun nêtêpakên, rêgining bènsin kaindhakakên malih dados 23½ sèn.

Konggrès P.P.A.B.

Kala dintên Sabtu ingkang kapêngkêr ing Ngayogya kalampahan kawontênakên konggrèsing P.P.A.B. (Perserekatan Pegawai Afdeelingsbank) ingkang sapisan. Pang-pangipun ingkang ngintunakên wêwakil wontên 18, ingkang kapilih jumênêng pangarsa Tuwan Suryapranata.

Pamulangan luhur pangadilan.

Lulus pandadaranipun kandhidhat perangan ingkang sapisan, Tuwan Suryanata Yumênah saha Gusti I Kêtut Pujah.

Arak pêtêng.

Saking Medhan kawartosakên, pèl pulisi ing Batangkuwis sampun ngonangi satunggiling papan kangge damêl arak pêtêng wontên sawingkinging dalêmipun pangagêng dhistrik ing ngriku. Wontên bôngsa Tionghwa kalih katahan, tape ingkang kabêskup wontên 9000 litêr.

Indonesisch Studiefonds.

Awit saking ada-adanipun R.A.A. Suyana, Mr. Hadi saha sanès-sanèsipun, sampun kaêdêgakên Indonesisch Studiefonds kangge mitulungi para neneman bôngsa pribumi ingkang sumêdya nglajêngakên pasinaonipun dhatêng pamulangan luhur ing ngriki saha ing nagari mônca. Arta pawitan sampun wontên f 1725.- Kawartosakên, bab adêgipun wau R.A.A. Suyana sampun angunjuki uninga dhatêng Ingkang Wicaksana Kangjêng Tuwan Bêsar saha sampun angsal kasagahan saking dhirèkturing justisi badhe kaparingan panduman bêbathèn salah satunggiling lotre ingkang badhe kawontênakên.

Lotre agêng.

Wontênipun panyadean lotlot, lotre agêng sêmunipun wêkdal ingkang kantun-kantun punika ragi rêndhêt, taksih ewon cacahipun ingkang dèrèng kasade. Ing kantor Escompto ing Bêtawi saha ing Wèltêprèdhên punapadene ing panggenan sanèsipun kakantunanipun taksih kathah. Para ingkang sami mundhut lot prayogi ingkang sarantos kemawon.

Mr. Iskak.

Kawartosakên, wiwit tanggal 15 April wulan punika Mr. Iskak sampun ambikak kantor adpokat ing Makasar.

Kuli tumrap tanah sabrang saha nagari mônca.

Kados ingkang sampun kawartosakên, wontênipun kuli ingkang kakintunakên dhatêng tanah sabrang saha dhatêng nagari mônca kathah sangêt kirangipun. Salêbêtipun kuwartal ingkang sapisan taun punika cacahipun kuli ingkang kakintunakên saking Tanjungpriuk botên langkung saking 2822. Wontênipun pangintunan kuli kangge Surinamê ugi kajugag, namung ing têngahaning taun punika wontên kuli mardika 1000 ingkang badhe kakintunakên dhatêng Indhia Kilèn.

P.E.P.

Pakêmpalan Penjokong Economie Pemoeda ing Ngayogyaka kala tanggal 22-23 April ingkang kapêngkêr ngawontênakên parêpatan warga kanthi tuntunanipun Tuwan Suryapranata. Pakêmpalan wau adêgipun dèrèng dangu, ancasipun suka pitulung dhatêng para neneman bôngsa pribumi ingkang asal pangajaran mawi dhêdhasar kilenan, nanging sami nganggur botên gadhah padamêlan, supados sagêd angsal panggêsangan mardika ingkang cêkap. Pangarsa nêdahakên awonipun tiyang ingkang nganggur, para neneman ingkang nganggur tumraping gêsang sêsrawungan mutawatosi. Kaemutakên sampun namung ambujêng pangkat juru sêrat kemawon, sami nindakna pakaryan ingkang mardika, among dagang, [da...]

--- 533 ---

[...gang,] ulah tani, ambukak siti tuwin sapanunggilanipun. Ingkang makatên wau prêlu angsal sambutan saking bang. Para warganipun kawajibakên nyèlèngi kangge ngawontênakên pawitan, wasana kêkênthêlaning rêmbag sumêdya ngêdêgakên toko kopêrasi.

Asiah

Jêpan

Tokiyo, 21 April. Pangeran Takamatsu saha garwa sampun angkat saking Yokohamah nitih kapal Kashimamaru tindak dhatêng nagari Inggris. Wontên ing Londhon badhe ngaturakên panarimah dhatêng Hertog van Gloucester ingkang kala taun kapêngkêr sampun martamu dhatêng Jêpan ngaturakên orde van den Kouseband dhatêng ingkang jumênêng Mikadho.

Tokiyo, 21 April. Parêpatan-parêpatan parlêmèn sampun katapakakên malih. Ingkang kapilih jumênêng pangarsa ing Lagerhuis Tuwan Ikunosuke, mudha pangarsanipun Tuwan Soyukoyamah.

Indhia Inggris

Kalkutah, 19 April. Parentah martosakên, wontên tiyang kraman watawis satus sami nêmpuh margi sêpur saha papan-papan panyimpênan sanjata pulisi ing Sitagong.

Kalkuta, 19 April. Wanci enjing umun-umun sadaya panggenan ingkang wigatos ing kitha Kalkutah kajagi dening kreta mawi lapis waja saha pulisi asikêp dêdamêl. Toko-toko sanjata kajagi kanthi kêncêng. Ing nginggil kitha dipun mêmanuki mawi mêsin mabur. Wontên warga kumisi konggrès, cacah 21 kacêpêng. Kajawi punika taksih kathah sanèsipun ingkang ugi kacêpêng. Ing saindênging kitha katindakakên panggledhahan, langkung-langkung ing kantoring kumisi konggrès. Wontên sêrat sawatawis kabêskup.

Bombai, 20 April. Mirid ungêling tilgram saking pangarsaning konpêrènsi kaum muslimin, têtela para kaum muslimin sami botên anyondhongi wontênipun aksi mogok ambêguguk. Kasêbut ing tilgram wau, para kaum muslimin sampun ngantos dados pirantosing liyan.

Sitagong, 22 April. Kawontênanipun sampun pulih kados wingi uni. Sawatawis mil saking Sitagong wontên prajurit kapalêri, cacah tiyang kawan dasa campuh pêrang mêngsah tiyang kraman tigang dasa. Kala dahuru tanggal 19 April kadugi wontên tiyang sanga ingkang tiwas, inggih punika bôngsa Eropah 2, pulisi 3 saha sopir taksi 4.

Eropah

Arbeidsconferentie

Kawartosakên, ingkang minôngka utusanipun parentah Nèdêrlan dhatêng Arbeidsconferentie ing Genève benjing wulan Juni ngajêng punika, ingkang badhe ngrêmbag bab pakaryan pêksan, inggih punika Mgr. Nolens saha Tuwan Moresco, tilas pisê presidhèn rad Indhia.

Ingkang kapiji jumênêng parampara parentah (regeeringsadviseur) R.A.A. Suyana, gedelegeerde rad kawula saha Dr. Haga tumrap pangrèh praja perangan tanah sabrang.

Tuwan H.A. Salim ingkang minôngka parampara utusanipun para kaum bêrah, dene Mr. Nolst Trénité saha Dr. Buffart badhe jumênêng parampara utusanipun para kaum majikan.

Wangsulan saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 4220 ing Jakênan. Karangan tuwin gambar lucon ingkang dhatêng Kajawèn sampun katampèn, nanging sami botên kapacak, amargi tumrap karangan raos Jawi adhapur pakabaran. Panglipur manah tuwin gambar, sami kirang mungguh. Kauningana. Karangan sanèsipun sawêg kapriksa.

Lêngganan nomêr 4287 ing Meron. Redhaksi Kajawèn botên sagêd ngaturi katrangan pandangu panjênêngan, amargi sanès lêrêsipun.

Tuwan Kaprawi ing Bogor. Kajawèn botên ngawontênakên pituwas tumrap karangan.

Tuwan Jamil, ing Soka. Bab babagan dagang kawulangakên wontên ing pamulangan ôngka II ingkang dumugi klas 6. Bab têtanèn, prayogi nyuwun katrangan dhatêng Lanbao konsulèn ingkang ambawahakên panggenan panjênêngan.

Lêngganan nomêr 2808 ing Surakarta. Tanggal 20 Siyam 1907 dhawah ing dintên Sênèn Pon, tanggal kaping 27 Nopèmbêr, taun Ehe 1836.

Lêngganan nomêr 10 ing Banyuwangi. Tanggal 19 Sura 1846 dhawah ing dintên Sêtu Kliwon, tanggal 29 Nopèmbêr 1915.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 4962 ing Jombang, manawi sadaya pitakenan kêdah dipun wangsuli ing Kajawèn, têmtu badhe nêlasakên papan, satêmah ngirangakên isinipun, adamêl kapitunan panjênêngan sadaya, amila namung dipun pilih ingkang prêlu-prêlu. Dene kintunan panjênêngan, inggih sampun kula tampi, tandhanipun Kajawèn taksih ajêg sowan.

Lêngganan nomêr 4263 ing Jragan. Pambantu karangan, punapa pambatu ngupados lêngganan ingkang panjênêngan dangokakên.

Lêngganan nomêr 1773 ing Jêthis (Kroyah), Kajawèn ajêg kula kintun. Nomêr pintên ingkang botên tampi.

--- 534 ---

Wêwaosan

Cariyos Calonarang

Babon saking basa Kawi, kajarwakakên mawi sêkar macapat, dening Radèn Wiradat ing Surakarta.

1

[Kinanthi]

Aom awigênamastu / ana carita ing nguni / sang wrêda marwadi kata / kautamane sang yogi / anama Êmpu Baradhah / ngasrama ing Lêmahtulis //

pra janma suyud sumungku / sang pandhita dèn pêpundhi / pindha dewa ngejawantah / wruh pandum pandoming Widi / widagda ing kawidagdan / wadining weda winardi //

têtapa sangêt ginêntur / anggantêr puja sêmadi / ya ta wau sang pandhita / pêputra putri sawiji / wanci rumucuh tanggungan / duk nêdhêng rumaja putri //

ing warna sampurna ayu / yayah hyang-hyanging yuwati / sarira rurus araras / gandês luwês anglam-lami / wagune dadi wiraga / pamulu kuning jêkining //

rai nopèng mutri Galuh / sarwa ramping kaduk manis / netra blerah angusuma / kocak lindri masupati / samatra tanpa kuciwa / nama Rêtna Wedawati //

nahên ta ingkang winuwus / ibune Dyah Wedawati / iya garwane Sang Wipra / nandhang gêrah angranuhi / madal salwiring usada / sida seda marang Sidhi //

sadesa awayang-wuyung / ya ta Nikèn Wedawati / putêk mêtêk ngantak-antak / ngrungkêbi ibu kang lalis / ngrantêk sambat ngaruara / gêgulangan ngolang-ngaling //

panangise layung-layung / dhuh ibuku kathik lalis / lulus pisah lawan ingwang / sapa sing asih mring mami / adhuh dewa dhuh bathara / kula nyuwun milu mati //

sang dyah lungguh manggung angluh / ayune saya nêlahi / luh ngêlêb idêp ngêcombang / netra bang balut abintik / muwuhi luruh jêtmika / lathi mèngèr-mèngèr dhamis //

tan wus wuwusên kang giyuh / layon sampun dèn ruktèni / tinunu anèng pasetran / pinaripurnèng sêsaji / rampunging pangupakara / kang nglayat wus sami mulih //

ya ta ing antara dangu / sang wiku wus rabi malih / patutan jalu satunggal / wayah lagi ambêlêri / wus bisa atrap bêbêdan / nalika iku sang yogi //

Êmpu Baradhah anuju / tindak mulang para murid / mring patapan Wiswamuka / miwah mawedastusidhi / sinudha widhi-widhana / kocapa Sang Wedawati //

ibune kuwalon nyêndhu / Wedawati sangêt sêrik / anggarês karasa-rasa / marang ibune kang lalis / mila lolos anglès marang / pancakaning ibu nguni //

sadalan-dalan rawat luh / sêmpoyongan kudhung jarit / satêkane ing pasetran / anjujug ngisor waringin / ing kono ana kunarpa / pating glundhung têlung iji //

patute mati tinêluh / mayit èstri kang sawiji / ana anake brangkangan / maksih urip angamploki / dhadhaning biyung kang pêjah / ngêthapêl anusu mayit //

seg-segan dirubung sêmut / Wedawati aningali / tyas rêncêm trênyuh sru wêlas / trocosan marêbês mili / sang rêtna lajêng tumindak / lumampah nglêntrêng ngalêntrih //

mring prênahe duk anunu / kunarpaning ibu nguni / sang dyah ngêsah sru sêsambat: / dhuh ibu ingsun kasyasih / susah pisah lawan sira / tumuli gawanên mati //

sang ayu asênggruk-sênggruk / tansah mingsêg-mingsêg nangis / sigêg ganti kang winarna / Êmpu Baradhah sang yogi / riwusnya mêmulang siswa / wangsul marang Lêmahtulis //

duk lagi lênggah sang wiku / linapuran mring kang swami / yèn Wedawati grêjêgan / rêbutan kêmbang lan ari / lajêng minggat tan pamitan / dèn ulati tan kapanggih //

sang pandhita ngandika rum: / aku dhewe kang ngulari / nyat laju jumênêng tindak / lumampah dumugi têgil / tanya lare angon menda / ngandika ruruh aririh //

e gus, kowe apa wêruh / anakku Si Wedawati / ênggih wau kulaninga / lare èstri ayu nangis / kudhung slendhang sambat-sambat / ibune sing êmpun mati //

liwat kidul ngriku wau / sang yogi enggal nututi / angênêr marang pasetran / praptèng pancakaning rabi / uninga tapaking putra / duk ngepon nglosot nèng siti //

sang wiku mulat lor kidul / katon Sang Dyah Wedawati / andhingkluk lênggah ing sela / sêlaning wrêksa gung nambi / kêpuh angrongkop nyrêkakah / singup sêntru anglêndhuki //

Sang Baradhah tandya mêngkul / babo putraningsun gusti / anggèr uwis aja susah / anggung anggagas kang lalis / ibumu uwis sampurna / mulih marang sawargadi //

apa ta sira kalimput / wêwulangku wingi-wingi / wis lumrahe wong tumitah / mêsthi katêkan ing pati / mulane nini lêjara / aja andêdawa sêdhih //

sang dyah anggung ngusapi luh / umatur kalawan nangis / aku mati bae rama / milu sibu sing wis swargi / adhuh rara nora kêna / anggege môngsa tan bêcik //

nuruta ya nggèr wong ayu / ayo Wedawati mulih / rinapu-rapu sang rêtna / kêndhih mêndha dènnya sêdhih / nuli wangsul mring asrama / satêkaning Lêmahtulis //

anatas sadalu muput / winêjang Dyah Wedawati / ing ngèlmu kayogiswaran / murih santosa ing galih / dhasare sang dyah gathekan / trampil graitane titis //

wus antara laminipun / lunta lumintanging sasi / sang pandhita nuju tindak / mring pataman mulang malih / lan mêmule ulah puja / mangastungkara dewadi //

kukusing ratus kumêlun / mulêg muluk mring wiyati / Sang Wipra dèn adhêp siswa / pra siswa kasok kaèksi / kasêngsêm tan kesah-kesah / kusung-kusung misungsung sih //

sigêg ganti kang winuwus / Wedawati congkrah malih / ibune anyar angrampyang / sang dyah sêrike kapati / trus putung atine têkan / tan ana tinaha ing sih //

lajêng lumajêng anjujug / pasetraning ibu malih / mêlêng milalu antaka / sêsambate amlasasih / tan liyan mung minta nunggal / lan ibu ingkang wus swargi // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]