Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-05, #1645

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1930, #1645
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-01, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #354.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-02, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #355.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-03, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #356.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-04, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #357.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-05, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #358.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-06, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #359.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-07, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #360.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-08, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #361.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-09, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #362.
10.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-10, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #363.
11.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-11, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #364.
12.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-12, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #365.

Ôngka 35, 2 Bêsar Taun Ehe 1860, 1 Mèi 1930, Taun V

Kajawèn

[Iklan]

--- [535] ---

Ôngka 35, 2 Bêsar taun Ehe 1860, 1 Mèi 1930, Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Kabudidayan ing Tanara

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun pabrik tèh ing Tanara, dunungipun wontên sapucaking rêdi Malabar, Priyangan.

--- 536 ---

Bab Ringgit

Prampogan

Wontênipun ing ringgit, prampogan punika kangge mindhakakên prajurit tumindak ing damêl, mêdalipun namung manawi nuju kapalan, babad wana salajêngipun pêrang gagal.

Manawi mêdal sarêng kapalan, kangge mindhakakên panggrubyuging bala dhatêng senapatinipun, inggih punika ingkang numpak kapal. Lampahing kapal katingal gêsang, senapatinipun dhangah-dhangah sajak botên ajrih ing pêjah. Makatên ugi raosing prampogan, kados punggawa dipun ayomi ing senapati linangkung, giyakipun ing damêl kados botên wêgah kapurih nêmpuh baya pakèwêd.

Damêling prampogan, sasampuning anggrubyug senapati lajêng babad margi, ing ngriku prampogan mawi dipun ucapakên, rêrêmbagan kalihan kônca tunggil damêl, inggih punika têtiyang ing prampogan, raosan ing bab pakèwêding margi, wananipun taksih rungkud, marginipun mêndhak mandhukul.

Mirid wontêning prampogan wujud satunggal, kados inggih angèl kangge anggobyogakên ginêm, nanging sarèhning prampogan punika isi tiyang kathah, ginêmipun malah gapyuk sangêt, ucaping dhalang makatên.

He, priye kônca, iki, dene prajurit kang lumaku ing ngarêp padha mandhêg, kang lumaku ing buri padha nêsêg. Akèh gêgaman ligan, ora wurung bakal nocog kancane dhewe. I, mêngko, mêngko batur, padha mandhêga, iki akèh pakewuh, bawane dalan lawas ora kambah, akèh prabatang malang ing dalan, kaya ora kêna diambah ing jaran, manawi dadi duka, apa ora bêcik ngaturi priksa dhisik. Alon-alon, kônca, aja ngaturi uninga, mundhak gawe gita, prayogi kônca duwe gawe, wong margôngsa lan pionir, kon lumaku ing ngarêp sagêgamane, prajurit kang jaranan pêdhange padha unusên, kang mandhukul dipapar, kang lêgok padha diurug, manawa ana kang rawe-rawe ing dhuwur dalan, banjur rampasana ing pêdhang saka ing dhuwur jaran bae. Wong cilik upama gêgaman, kêthul, diasah, yèn landhêp padha ditandukake. Iya ayo batur barêng tumandang.

Kados makatên gobyoging ucapipun prampogan, dhalang botên badhe kawêkèn ngucapakên.

Mênggah wujuding prampogan, mêmêtha gambaraning prajurit jawi warni-warni, sami ambêkta dêdamêl, tumbak pêdhang tamèng, sanjata, mriyêm, wontên ingkang kêkapalan, payungipun sami mêgar, wontên ingkang payung bupati, mangandhap-mangandhap ngantos dumugi payungipun abdining nata ingkang asipat payung andhap piyambak, mawi lêlayu bandera. Jalaran saking ngrêngaping kados têtiyang badhe ngrampog, utawi [u...]

--- 537 ---

[...tawi] prajurit ingkang damêlipun ngrampog mêngsah, mila nama prampogan.

Manawi kangge pêrang gagal, sakawit: prampogan pêrang sami prampogan, limrahipun prampogan Jawi kalihan prampogan danawa, kawon salah satunggal. Saunduripun prampogan ingkang kawon, têtindhihing baris gêntos pêpulih, prampogan ingkang mênang anggêntos kasoran. Pêranging prampogan punika kangge mindhakakên pêranging wadya rucah. Dene mênggah wontênipun nama pêrang gagal, lajêng bibar, ingkang kawon angesahi, dados botên ngantos wontên pêpêjah. Malah saking cariyosipun tiyang ingkang ahli padhalangan, pêrang gagal punika, ringgitipun ingkang pêrang botên mawi ngêdalakên dêdamêl.

Sayêktosipun tiyang ningali ringgit punika, limrahipun rêmên manawi rame, inggih nujua ngantuk pisan, manawi kalanipun pêrangan, lajêng anjanggirat tangi, dene pêpucuking pêrang mênggahing ringgit, inggih wontên ing prang gagal punika. Wiwiting raperame. wontên ing prampogan ngrata margi.

Raos Jawi

Têntrêmipun Tiyang Gêgriya.

Katêntrêmanipun tiyang abale griya punika tumrapipun tiyang sanès, sagêd nyawang saking griya tuwin pakaranganipun. Sanadyan sugih brèwu pisan, manawi wujuding griya agêng nanging botên pèni, kawontênanipun pating balengkrah, ugi botên gadhah daya sêngsêm anênarik manahipun tiyang sanès. Makatên ugi sanadyan gadhah papan pakarangan wiyar, manawi anjêmbrung, inggih namung adamêl sêpêting sawangan. Kosokwangsulipun, sanadyan griya alit, manggèn ing papan rupak, manawi kalêrêsan, saha sagêd anggènipun nata, malah sagêd adamêl sêngsêm.

Kados gambar ingkang suwalik punika, mirid pasitènipun katingal èrèng-èrèng, pantêsipun padhas curi, têtuwuhan ingkang tuwuh ing ngriku tangèh sagêda subur gêsangipun, saya malih tumrapipun gêgriya, tamtu botên badhe angsal wangun. Nanging mênggah sanyatanipun wangun, sagêd waradin, waradining papan dipun dêgi griya alit acèkli, dipun trapi undhak-undhakan anjog ing kalenan ingkang toyanipun mili kumricik, sasêlaning griya dipun tanêmi wit-witan kangge ayom-ayom pakarangan, ciyuting palataran cêkap kangge meme sandhangan, tur botên supe damêl kasênêngan amanjêr kutut wontên ing gantangan, sakêdhap-sakêdhap tansah mungêl, hur kêtêkuk, araos kados ucaping sukur dhatêng Pangeran.

Mênggah gêsangipun tiyang ingkang manggèn ing ngriku, sanadyan tiyang sanès botên sumêrêp dhatêng kabêtahanipun [kabêtahani...]

--- 538 ---

[...pun] anggèning gêgriya, nanging sagêd amastani, bilih sênêng, botên liya jalaran saking mirid wujuding kawontênan ingkang gumêlar ing ngriku.

[Grafik]

Gambaraning papan katêntrêman.

Mênggah dipun côndra, pantês dipun côndra makatên: nuju wanci enjing ungêling kutut ing gantangan anggantêr, kados suling sumêla ing lêlagon, têtiyang ingkang gêgriya ing papan ngriku sampun sami tangi. Têtiyangipun èstri sami pating kêcipik umbah-umbah wontên ing toya ilèn-ilèn, tiyangipun jalêr ngathêngkrêng linggih wontên ing undhak-undhakan nginggil, ingkang anjog ing lèpèn, kalihan mirêngakên anggunging kutut tuwin mirêngakên kêmrêngsênging wedang umob ing cèrèt. Kawontênan ingkang pinanggih wontên ing ngriku punika, anggambarakên katêntrêmanipun tiyang ingkang narimah nampèni panduming Pangeran.

Inggih sintêna kemawon, ingkang nêdya ngudi dhatêng katêntrêman, kawontênan ingkang kados makatên punika tamtu sagêd anjawil dhatêng raosing manah, beda kalihan manawi amrangguli papan karamean ingkang isi bingah-bingah.

Dados kawontênan ingkang pinanggih ing gambar wau isi katêntrêman, minggahipun malih botên beda kalihan papan padununganipun para pandhita rêsi, limrahipun sampun manggèn ing èrèng-èrènging rêdi, têbih dhatêng papan karamean, ewadene panggalihanipun têntrêm, malah sagêd andayani nênarik mêpêsakên kamurkanipun para mudha, satêmah sami katut puruhita wontên ing papan sêpên, wosipun badhe pados katêntrêman ugi.

--- 539 ---

Waosan Lare

Kapatèn Obor

I. Warôndha mlarat

[Mijil]

ing wêtune layang wacan iki / mung dongèng pasêmon / kanggo wacan sambèn sasêlane / upamane mêlèk wayah bêngi / kêna go nyagaki / dadi tômba ngantuk //

yèn diwaca cêdhak bocah cilik / ana ing paturon / bisa dadi gampang ing turune / yèn cêdhak lan uwong sukêr sakit / wong sing milu linggih / ora bisa turu //

yèn nêngahi maca ngêlak-ngêlik / lali ngêlèh ngorong / saya manèh mupangate gêdhe / yèn diwaca lan lèrèn ngubêngi / omah wira-wiri / maling padha bingung //

yèn digarap kanthi ngati-ati / mupangate elok / ora bakal amoh salawase / ing cêkake layang wacan iki / kêna diarani / kaya layang kidung //

ing saiki bêcik amiwiti / kocap ana uwong / wis warôndha bangêt mêlarate / uripe mung adol kêncur sunthi / duwe anak siji / lanang uwis ngumur //

ingatase uwong desa miskin / ing rupane ketok / ora kalah lan bocah liyane / sing kawilang anake wong sugih / sanadyan priyayi / ora kalah bagus //

karo duwe wêwatêkan bêcik / beda lan wong-uwong / rôndha mau katêlah arane / nyai dhukun saka sok nulungi / uwong sukêr sakit / awit ngrêti jamu //

dene jaka mau diparabi / jênêng Subur manggon / awit bocah salawas-lawase / ngêlu mulês sasat padha nyirik / nadyan cilik nanging / awak kêncêng kukuh //

kacarita nuju wayah bêngi / padhange mancorong / lintang-lintang ketok padha nyêle / kaya wêdi anyêdhaki gusti / gustine ya kuwi / rêmbulan sing munggul //

nyai rôndha linggih gêlik-gêlik / ana nglatanglatar. timpoh / Jaka Subur linggih nèng sandhinge / lan andhangak tansah nyawang langit / mripat kêthip-kêthip / karo ngrangkul dhêngkul //

bok warôndha nganti nyapa lirih / aja dhêlog-dhêlog / mundhak ana setan mampir thole / lan wujude mundhak ketok sêdhih / bokya angrasani / wulang kanggo tutur //

Jaka Subur alon amangsuli: / anu aku êmbok / rada duwe pikiran sapele / nanging athik tansah dadi ati / têkane saiki / ajêg isih nglantur //

anjênggirat lan ngowahi linggih / bok warôndha takon / wis mangkono watêke cah gêdhe / duwe pikir anêrusi ati / apa thole kuwi / kôndhaa sing urut //

nuli kôndha calathune lirih / yèn tak gagas notog / enak uwong ngèngèr pyayi gêdhe / yèn katrima bisa dadi pyayi / dhasar sugih dhuwit / sakarêpe tutug //

sanalika kumênyut ing ati / bokne krungu ngono / bangêt krasa-rasa ing uripe / maripate nganti mrêbês mili / wusana mangsuli / tungtung sêsêg sungsun //

o, anakku dene duwe pikir / sing nganti samono / ora eling mênyang wong tuwane / ngatase wong cilik ongklak-angklik/ [ong...]

--- 540 ---

[...klak-angklik/] ngèngèra priyayi / ya mung dadi batur //

pawitane wong ngawula kuwi / thole bangêt abot / mungguh kowe jênêng ora duwe / bôndha apa sing kanggo nguwati / pintêrmu mung tani / nyêkêl garu luku //

iku bae mung saka nênêmpil / srah bau nyang uwong / kowe jênêng ora duwe dhewe / môngka uwong ngawula priyayi / kudu bêcik apik / tatakrama wêruh //

mêsthi bae yèn sing nyawang kuwi / êmung kapengin thok / ora ngrêti yèn abot sanggane / lan yèn sabên uwong amengini / arêp dadi pyayi / sapa pondhong pikul //

akèh-akèh anggone nuturi / ora pêdhot-pêdhot / nanging Jaka Subur ing batine / mêksa kêncêng karêpane kuwi / dadi tansah mikir / wusana calathu //

sapa biyung sing ora kêpengin / arêp dadi uwong / sabên irung yake padha bae / sapa trima dadi tani mlêni / yèn bisa angudi / ya kapengin luhur //

dhasar anom tur dadi prajurit / wani perang tanggon / yèn pêrangan bisa ngalahake / sabên uwong mêsthi ngalêm bêcik / yèn aku sing dadi / atimu sagunung //

bokne nganti angguyu nyêkikik / pancèn iya ngono / lagi kôndha atiku wis gêdhe / saupama kowe bisa dadi / buh rasaning ati / yake ya ngrênggunuk //

nanging thole rêrêmbugan iki / madu balung kothong / bêbasan wong nyawat lintang gêdhe / disawat lan balang kayu garing / cupête wis mêsthi / tangèh bisa tutug //

nanging mungguh karêpanmu kuwi / ya sapa sing wêroh / samubarang lêlakon besuke / ora ana sing bisa ngarani / kadhang sing mèh dadi / gampang bae mrucut //

karo manèh kowe tak kandhani / karêpmu sing ngono / kaya-kaya dudu suwadine / yake saka kêgawa numusi / kowe tak dongèngi / bèn suda sêdhihmu //

Sawangan ing sabin

[Grafik]

Gambar ingkang kacêtha sisih punika, kawontênanipun sabin ing sacêlaking Limbangan. Dene rêdi ingkang katingal anjênggêrêng rêdi Sindara lan Sumbing.

Sêsawangan ingkang kados makatên wau anêngsêmakên.

--- 541 ---

Panglipur Manah

Umuk Bab Lêlêmbat

Wontên tiyang rêmên umuk, saking kêpatuhipun tuwin saking anggèning dados pakarêman, tiyang wau sabên nuju pakêmpalan, jagongan sasaminipun, sanadyan botên dipun undang, inggih dhatêng, prêlunipun namung badhe umuk. Nanging inggih wontên saenipun, dene ing pakêmpalan wau lajêng dados rame, têtiyang sami gumujêng gar-gêr. Namung gujêng wau araos sanès kajêng kalihan ingkang dipun gêgujêng. Ingkang gumujêng, pancèn anggêgujêng anggènipun umuk, dene ingkang dipun gêgujêng rumaos manawi dipun gêga umukipun.

Tiyang tukang umuk wau nama Mas Krêti, wontênipun mawi sêbutan mas, amargi kêgolong bangsaning alusan. Dene manawi nuju umuk wau mawi pados pasaksèn tiyang sanès, tuwin kalêrêsan, Mas Krêti wau gadhah mitra thing, ingkang botên nate pisah, punika ingkang dados tukang nginggihi, nama Amin.

Nuju satunggiling dintên Mas Krêti lek-lekan wontên ing panggenanipun tiyang sakit, Amin botên kantun. Rêmbaganipun têtiyang ing ngriku namung ngraosi bab sêsakit, wontên ingkang ngraosi sêsakit, inpluensah, malariah, dangu-dangu dumugi ngraosi sêsakit kolerah. Ing ngriku dados rêmbag rame, wontên ingkang mastani jalaran saking pandamêling lêlêmbat, wontên ingkang mastani jalaran pancèn saking wiji sêsakit. Dangu-dangu ingkang nyariyosakên bab lêlêmbat kawon.

Mas Krêti botên tahan ing manah, nêdya damêl pasaksèn yakin, lajêng wicantên: Mangke ta, kula nêngahi rêmbag, sadaya wau namung saking pangintên, kula ingkang sampun nate nglampahi piyambak. Kala ing tau- ... n, sèwu sangang atus, pira kae Min. Amin mangsuli: Kula kasupèn. Lajênging wicantênipun Mas Krêti: Sawêlas. Kula wontên tanah wetan, ing ngrika nuju pagêblug agêng. Sawênèhing dintên kula nuju macul, dipun ajak tiyang, kula inggih sumrinthil kemawon, kados kenging dhuyung, èngêt-èngêt sarêng sampun dumugi Pamancingan. Ing ngriku kula lajêng anggraita: E, la, iki mêsthi kolerah. Wontênipun ing ngrika kula lajêng dipun irit malêbêt dhatêng kadhaton êmas, katingalipun ing ngriku nuju kagungan damêl, kula lajêng dipun pasrahi padamêlan dados juru patehan. Kala samantên rencang kula pun Amin, rak iya ta Min. Amin badhe nginggihi ragi pakèwêd, awit cariyosipun sangêt ngêlantur, dados namung mangsuli têngah-têngah: Nanging kala samantên kula lajêng wangsul wontên ing margi kok mas. Mas Krêti: Kakrokane, dadi dhèk samana kae kowe ora sida milu. Kala samantên sarèhning kula sampun mangrêtos manawi kalêbêt wontên ing jaman kolerahan, kula nêdya ngakali, murih botên kangge ing damêl. Kauningana para sadhèrèk, akal kula makatên: Pangunjukanipun wedang sang prabu ing ngriku punika tèh manjangan angkring, punika botên nate kula damêl, namung kula damêlakên tèh awon-awonan [a...]

--- 542 ---

[...won-awonan] kemawon, tèhipun manjangan angkring kula angge wedangan piyambak. Dangu-dangu akalan kula wau konangan, kula lajêng dipun gêbagi saha katundhung. Tiyang ingkang anggêbagi wau kalihan cariyos sêrêng: Ayo minggata, asu manungsa, ora idhêp tata, rana bali mulih. Batos kula: na, apa, ta, rak kolerah têmênan, tandhane manungsa-manungsakake uwong. Kula lajêng wicantên kalihan nêpsu: Aku pancèn wis ngrêti yèn kowe kolerah. Ing ngriku, kolerah sarêng kula sêbut namanipun muring-muring sangêt, kula lajêng dipun sikêp, dipun banting: ngèk. Gregah kolerah kula sikêp gêntos, lajêng ulêng, wah, dêdrêg sangêt.

Ing pajagongan ngriku wontên tiyang nama Wôngsa nyêlani ginêman badhe nyêngès, têmbungipun: Tujunipun kala samantên sampeyan lajêng kula pisah: sampuna kula pisah sampeyan tamtu kawon.

Mas Krêti botên rumaos manawi dipun lajur ing ginêm, manahipun malah mongkog, lajêng wicantên: O, dados kala samantên punika sampeyan, nuwun Mas Wôngsa. Kala samantên kula lajêng anggênjrèt mantuk, wusana sarêng dumugi ing griya kalêrêsan wontên tiyang kêndhuri, jêbul mitung dintêni kula, kula dipun kintên pêjah saèstu.

Wontên tiyang sumêla, mangke ta, antuk sampeyan wau dhatêng tanah wetan, punapa mriki.

Mas Krêti: O, inggih, botên kula cêthakakên. Antuk kula inggih mriki, malah Amin inggih tumut ngêpang kêndhuri. Rak iya ta Min.

Amin namung tumungkul kalihan nginggihi: Inggih.

Wôngsa lajêng wicantên piyambakan: Lêlakon ngono kuwi adate nganggo andhudhuk kuburan, nêmu pacul barang.

Mas Krêti ragi kraos ing manah, nanging wantunipun tiyang tukang umuk, inggih botên kewran, lajênging wicantên: Kala samantên têtiyang kathah sami maibên, dipun wastani kula pêjah yêktos. Kuburan lajêng kula purih andhudhuk. Sarêng dipun dhudhuk ...

Wôngsa: Tamtunipun wontên tanah wetan.

Mas Krêti: Inggih, mila lajêng sami bidhalan. Inggih punika sarêng dipun dhudhuk, ingkang pinanggih namung pipa balung kalong. La punika: ta wujudipun, taksih kula angge sapriki. Anggènipun wicantên makatên wau kalihan nguncalakên pipa wontên satêngahing pajagongan.

Wôngsa nyandhak pipa kalihan mungêl: E, la dalah, dadi pipa iki wis tau dipocong.

Gêr, tiyang kathah sami gumujêng. Wontên ingkang garunêngan: gêblêg kabèh. Lajêng bibaran.

Budi

Budi kêthaha, kang sinêdya ngijènana.

Budi ngôngsa, barang karsa daya-daya.

Budi têntrêm, tutuk amêm, karya adhêm.

Budi tuna, nadyan bêgja nora lana.

Budi wêlas, kang ginagas, têmtu bablas.

Budi cupêt, kang ginrêgêd, tansah pêpêt.

Budi têrang, sakèh batang, nora mamang.

Karsana.

--- 543 ---

Pawartos Wigatos

Pasadhiyan Kangge Petangan Cacah Jiwa Taun 1930

Kasêbut kêkancingan gupêrmèn kaping 27 Oktobêr 1927 nomêr 56, parentah sampun angangkat satunggiling kumisi kangge nindakakên petangan cacah jiwa taun 1930, inggih punika Tuwan-tuwan: Prof. J. van Gelderen, minôngka pangarsa, J.W. Meijer Ranneft, Prof. Dr. B.J.O Schrieke, Dr. Ch. W.F. Winckel, A. Muhlenfeld, Dr. B.J. Haga, P.A. Mandagie, R.A.A. Suyana, H.C. Choes minôngka warga saha Dr. W. Brokx minôngka panitra.

Kangge nindakakên sadaya prêluning petangan cacah jiwa wau ing Wèltêprèdhên Schoolweg No. 11, sampun kaêdêgakên satunggiling kantor agêng, kanamakakên Kantoor voor de Volkstelling 1930. Pakaranganipun kantor wau ing wingking jêmbar sangêt. Dumuginipun sapunika sampun pintên-pintên wulan laminipun ing ngriku gêlakan angêdêgakên griya-griya ingkang kawastanan ijzeren scholen, inggih punika badhe kangge andèkèk mêsin-mêsin agêng, kangge nglêmpakakên ôngka-ôngka petangan cacah jiwa saking saindênging tanah Indhonesiah. Samangke griya-griya wau kenging kawastanan sampun rampung, mêsin-mêsinipun botên dangu malih badhe dhatêng, awit sampun lami anggènipun mêling. Punggawanipun ingkang badhe nyambut damêl ing ngriku, langkung-langkung ingkang mangrêtos prakawis mêsin, cacahipun ngantos atusan.

Sêrat-sêrat cap-capan kangge prêluning petangan cacah jiwa punika kathahipun ngedap-edapi, kados ta sêrat-sêrat katrangan ingkang minôngka sêrat sêbaran, wawratipun wontên pintên-pintên èwu kilo, dhaptar-dhaptar petangan ingkang sampun kasadhiyakakên, badhe kakintunakên dhatêng sadaya gêwès ing saindênging tanah Indhonesiah watawis wontên 6.500.000 lêmbar. Tumpukan dhaptar-dhaptar wau inggilipun katapsir kirang langkung wontên 300 m. utawi watawis tikêl kalih wêlas kalihan inggilipun wit kalapa. Bilih sadaya dhaptar wau kasambêt-sambêt miturut panjangipun, badhe sagêd nutupi margi ingkang panjangipun 4225 km., dados langkung saking saprasadasanipun kubênging bumi, utawi kirang langkung tikêl sakawan kalihan panjanging margi saking Anyêr dumugi Banyuwangi, utawi satawis sapalihing margi kapal ajiapi. antawisipun Tanjungpriuk saha Jedah, wiyaripun kirang langkung wontên 140 hèktarê, dados mèh 1½ pal pasagi.

Kajawi punika tumrap para juru petang sabên samôngsa ngetang (periodeteller) kasadhiyan pêrtêpèl kirang langkung 60.000 iji, kangge nyêrati saha nyimpên dhaptar-dhaptar wau salêbêtipun nindakakên pakaryan. Pêthi-pêthi kangge ngintunakên sadaya sêrat cap-capan tuwin pêrtêpèl wau ugi sampun kasadhiyakakên, wontên 2500 iji. Sagêd ugi cacahing pêthi taksih dèrèng nyêkapi saha prêlu kawêwahan malih. Kangge ngintunakên dhaptar-dhaptar kemawon prêlu kasadhiyakakên pêthi-pêthi ingkang isinipun gunggung wontên 300 mètêr kibik, kangge ngintunakên pêrtêpèl sakêdhikipun 200 mètêr

--- 544 ---

kibik, dados gunggung isinipun pêthi-pêthi wau sadaya wontên 500 mètêr kibik, wawratipun watawis wontên 300.000 kilo, kintên-kintên sami kalihan momotan sêpur 30 grêbong.

Ing bab punika, kumisi kasêbut nginggil, ngawontênakên têtandhingan damêl karangan babagan petangan cacah jiwa, dhatêng para guru bôngsa pribumi ing saindêngipun tanah Indhonesiah, kangge waosan wontên pamulangan andhap pribumi utawi kawaosakên dhatêng murid-murid pamulangan wau. Sadaya guru utawi tilas guru pamulangan pribumi (gupêrmèn utawi partikêlir) punapadene sadaya sêkhul opsinêr utawi tilas sêkhul opsinêr kaparêngakên anglêbêti têtandhingan wau.

[Grafik]

Sêrat-sêrat cap-capan saha dêlancang ingkang kasadhiyakakên kangge anacahakên jiwa ing kantor pangêcapan gupêrmèn.

Têtandhingan punika mawi ginantungan ganjaran warni tiga punapadene tôndha pangalêmbana pitu.

Ganjaran nomêr 1 warni arta f 150-

Ganjaran nomêr 2 warni arta f 75-

Ganjaran nomêr 3 warni arta f 25-

Para ingkang angsal tôndha pangalêmbana ugi badhe kaparingan mêdhali salaka utawi sêpuhan mas.

Wontênipun kumisi ingkang badhe nimbang karangan-karangan wau inggih punika tuwan-tuwan: H.C. Croes, insêpèktur pangajaran pribumi, R.A.A. Suyana, P.A. Mandagie, sami gedelegeerde rad kawula, Prof. J. van Gelderen, pangarsa petangan cacah jiwa tuwin Dr. W. Brokx panitra petangan cacah jiwa.

Saking tanah Jawi saha Madura kemawon cacahipun karangan têtandhingan ingkang sampun katampèn wontên 200, saking tanah sabrang sawêg wiwit dhatêng pintên-pintên dasa. Kabaripun karangan-karangan wau kathah ingkang

--- 545 ---

sae saha gambaripun kathah ingkang nêngsêmakên.

Miturut pamawasipun kumisi ingkang animbang, têtandhingan punika badhe ngedap-edapi tumindakipun, jalaran karangan-karangan ingkang badhe angsal ganjaran utawi tôndha kaurmatan, sampun têmtu kêdah kasaring saha kapilih ingkang sae tuwin onjo piyambak. Dene karangan ingkang mimpang sampun têmtu badhe kaêcap dados pintên-pintên èwu buku.

Waragad ingkang sampun kasadhiyakakên dening parentah kangge prêlu petangan cacah jiwa taun 1930 punika wontên f 2.000.000- (kalih yuta rupiyah) kirang langkung ingkang sapalih kangge ambalônja para juru petang, gunggung watawis wontên tiyang 200.000, kêkantunanipun kangge waragad sanèsipun.

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab pangajaran Tumrap Lare Budhêg, Bisu, tuwin Lare ingkang Suda Pamirêngipun

Garèng: Ambalèni rêmbugane nalika dina Sabtu kang kapungkur. Sanyatane ing Bandhung wis ana pakumpulan sing sêdyane arêp awèh pitulungan marang wong-wong kang budhêg bisu mau, yaiku sarana awèh pangajaran marang bocah-bocah kang padha anduwèni cacad mangkono kuwi.

Petruk: Lo, dadi sing arêp ditulungi kuwi mung bocah-bocah thok, sing wis kabanjur tuwa le budhêg bisu, mung arêp dipringake. Nèk ngono karêpe pakumpulan mau arêp ngalang-alangi bocah-bocah sing budhêg bisu yèn wis tuwa aja nganti kapiran, nèk aku, kok ora pati rujuk, dhing, pancène aja mung bocah-bocah bae, nanging sing wis tuwa-tuwa iya wajib kudu ditulungi. Mêngko rak banjur kaya carane nyirnakake lêlara pès, sing wis lara, mati bêcik, ora apik, tumuli disetrakake bae ana ing barak, sarana kudu dijothak karo kabèh sanak sadulure, nanging sing ora lara, diopyak-opyak, omahe padha dirubuh-rubuhake, rugi ora rugi, jarene kanggo ngalang-alangi aja nganti didhayohi mas lara pès.

Garèng: Yah, kok banjur nyandhak sing ora-ora. Karo manèh panêmumu kang mangkono mau rak kaliru. Anggone wong lara pès kudu dibarak, kuwi prêlune anjaga supaya wong liya-liyane aja nganti katularan. Lêlara pès kuwi sabênêre tumêkane saiki durung ana usadane sing cêsplêng, mulane banjur dibudidaya aja nganti lêlara mau lumêbu ing panggonan kono, pambudidayane ora liya kudu sarana agawe rêsiking panggonan kono. Omah sing pancèn wis rêsik gêmrining, mêsthine ya mung dinêngake bae, nanging yèn omah sing kêna kanggo nusuh tikus, yaiku kewan sing anggawa lêlara pès, têmtune ya kudu disrêtu sing nganti kincêlong-kincêlong. Mêngkono uga tumrap mitulungi wong-wong budhêg bisu. Nèk sing wis tuwa-tuwa, têmtune ya wis kayadene sêga sing wis dadi bubur, sanadyan diolaha manèh

--- 546 ---

nganggo mêrtega utawa kèju pisan, ya uwis kasèp tansah awujud bubur bae, dadi têgêse: nèk sing budhêg mau wong sing tuwa-tuwa, arêpa ditulungi jênênge rak wis kasèp, mulane banjur ambudidaya sing isih bocah-bocah, murih tuwane aja nganti kapiran uripe, ya kuwi sarana diwènèhi pangajaran, dadi nelad kayadene ing tanah Eropah.

[Grafik]

Petruk: Wèh, Rèng, ing tanah Eropah kuwi kok wis pêpak têmên, pangajaran apa bae kok ana, mulane aku ya ngilêr bangêt bisane nyang Eropah, prêlune arêp nyinau ngèlmu: nèk arêp ngantêm wèllêm sing dadi têtanggungane dhewe, aja mung sathithik rong thithik, ning sing sahohah kae, dadi nang pikiran mantêp.

Garèng: Wiyah, nèk pangajaran sing kaya ngono kuwi ora ana, mung kagawa saka wêwatêkane siji-sijining wong. Sanyatane ing tanah Eropah dianakake pangajaran tumrap para budhêg bisu kuwi, jalarane ora mung sabab saka wêlase bae, nanging uga sabab saka akèhe wong-wong sing acacad mangkono mau.

Petruk: Hla, kuwi nèk tanah Eropah, le anggumunake bangêt, nyang apa-apa kok le mêsthi migatèkake, kiraku anggone ngetungi cacahe wong budhêg bisu ya sêtiti têmênan, ora beda karo carane wong dodol jamu mingki, nganggo: siji, loro, têlu ... jur.

Garèng: Wiyah, kok banjur mrono playune. Mula iya mangkono, ing tanah Eropah pancèn ya wis ditindakake petungan cacahe wong-wong sing budhêg bisu kuwi, pakolèhe petungan mau, ing dalêm wong 10.000 ing nagara Walônda cacahe wong sing budhêg bisu 3.35. ing Bèlgi 4.39 ing Inggris 5.74. ing Dhènêmarkên 6.20. ing Prasman lan Itali 7.31. ing Jêrman 8.60. ing Nurwègên 9.22. ing Ostênrik 9.66. ing Sêpanyul 9.96, ing Swèdhên 10.23, nitik anane petungan kiyi, têtela bangêt, rata-ratane saya akèh pagunungane, saya akèh cacahe wong sing budhêg bisu.

Petruk: Ora, Rèng, aku tak nyêlani dhisik, ngrungokake anggonmu nêrangake cacahe wong-wong sing budhêg bisu kiyi, pikiranaku kok rada pating slêbar, ana petunganing wong kok digawe pating prêthil dicara sate kambing. Kuwi têrange kapriye.

Garèng: Ya wis mêsthi bae ora ana wong prêthil-prêthilan kuwi, andharanaku mau mung kanggo nêrangake anane wong sing budhêg bisu rata-rata ing sabên sapuluh èwune. Mara, rungokna, kowe [ko...]

--- 547 ---

[...we] tak caritani kaanane wong budhêg bisu ing nagara Walônda kalane taun 1926. Ing nagara Walônda kono anane papan kanggo awèh pangajaran marang bocah budhêg bisu, kabèh 6 iji, yaiku: ing Groningen, St. Michielsgestel, Rotterdam, Dordrecht, Amsterdam lan ing Voorburg. Pamulangan ing Groningen lan ing St. Michielsgestel malah ana bêbanjurane sêkolah patukangan. Tumêkane taun 1626, nalikane pamulangan ing Groningen mau ganêp umur 135 taun, gunggunge murid-murid bocah budhêg bisu sing olèh pangajaran ana ing kono ana 2250, antarane cacah samono mau sing 1800 kêna diarani mêtu saka sêkolahan kanthi duwe kapintêran kang cukup kanggo golèk pangan dhewe. Liyane ana sing mati, utawa kurang kapintêrane kanggo ambanjurake pasinaone lan liya-liyane.

Petruk: Wadhuh, Rèng, lagine sêkolahan kanggo wong budhêg bisu bae umure kok wis ana 135 taun, ing môngka ing kene kiyi, apa manèh sêkolahan kanggo wong budhêg bisu, lagi sêkolahan kanggo wong sing waras wèrès bae, anggêr jênêng sêkolahan sing rada pêng-pêngan, kêna diarani isih agombak akuncung. Nanging, Rèng, rêmbugane bab kiyi padha dilèrèni samene dhisik, liya dina dibanjurake manèh.

[Grafik]

Sampun dados wêwatakanipun maesa bilih kataman ing bêntèr lajêng anjêgur ing toya, kungkum sasêkecanipun. Kados gambar nginggil punika.

--- 548 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah

Ewah-ewahan tumrap H.I.S.

Gêgayutan kalihan karampunganipun kumisi H.I.S. dhepartêmèn pangajaran samangke angsal wêwaton kangge ngusulakên dhatêng parentah supados kawontênakên ewah-ewahan tumrap H.I.S. Bilih usul wau katampi dening parentah tumindaking ewah-ewahan wau badhe kawiwitan benjing tanggal 1 Juli 1931. Sadèrèngipun punika wontênipun H.I.S. samangke badhe kasirnakakên saking sakêdhik, awit miturut panitipriksanipun kumisi wau wohipun kirang sae, cacahipun murid ingkang mêdal sadèrèngipun tamat pasinaonipun kathah sangêt. Awit saking tatanan enggal wau pamulangan ôngka II lajêng sagêd kajêmbarakên têbanipun kadadosakên 6 klas pangajaranipun (mawi basa tiyang siti) lajêng sami tataranipun kalihan pangajaran pamulangan andhap kangge rakyat ing Eropah kilèn. Kajawi punika wontênipun pangajaran basa Walandi lajêng sagêd langkung jêmbar dhasaripun katimbang ingkang sampun kalampahan samangke ing H.I.S., kados pamanggihipun B.O. tuwin sanès-sanèsipun.

Aksinipun P.S.I.

Kawartosakên, sadèrèngipun pangkat dhatêng Genève Tuwan H.A. Salim badhe tindak lêlana dhatêng Sumatra sisih kidul, prêlu ngrêmbag prakawis èrêpah saha èrêndhinês, ingkang sampun sawatawis lami dados poking rêmbag ing kalangan P.S.I. Kajawi punika sadaya pang-panging P.S.I. sampun angsal parentah supados benjing tanggal 4 Mèi ngajêng punika wanci jam 9 enjing sami sêsarêngan ngawontênakên parêpatan ingkang wosipun damêl protès ing bab wontênipun èrêndhinês.

Pambêskupan batu api.

Pakaryan pabeyan ing Tanjungpriuk mêntas ambêskup batu api pêtêng, kintunan saking Singgapura dhatêng satunggiling pirmah Tionghwa ing Bêtawi, wawrat 30 kilogram, kawadhahan ing blèk ulam sardhin cês, cacah wontên 46 blèk katunggilakên kalihan pêthi-pêthi sanèsipun. Ingkang makatên wau bilih pakarti wau kalêksanan botên kadêngangan, lajêng sagêd ngunthêt arta beya 60.200 rupiyah.

Kumisi paboyongan.

Sampun kabangun satunggiling kumisi ingkang kajibah suka usul dhatêng parentah ing bab pambudidaya kangge ngajêngakên wontênipun paboyongan saha suka pitêdah tumrap pakaryanipun para komite paboyongan ing gêwès-gêwès. Ingkang kawisudha jumênêng pangarsa P.A.A. Kusumayuda, warga rad Indhia, minôngka panitra. Dr. E.J. Burger kontrolir pangrèh praja ing ondêr apdhèling Langkat nginggil. Minôngka warga: satunggiling amtênar prakawis pangrèh praja ing tanah sabrang, satunggiling amtênar kantor pakaryan, satunggiling amtênar ing dhepartêmèn têtanèn, punapadene Tuwan Ali Musa, Mr. R.A.A. Fruin saha R.M.A.A. Kusuma Utaya, sami warga rad kawula. Kumisi wau badhe mahamakên wontênipun paboyongan ing sanès laladan, langkung-langkung ing tanah Malakah jajahan Inggris.

Pamulangan luhur pangadilan.

Lulus pandadaranipun kandhidhat perangan ingkang sapisan, tuwan-tuwan B.N. Sirêgar gêlar Mangarajah Adil Martuwah, Purman Sumawijayah saha Bakuwinangung.

Pamulangan luhur kadhoktêran.

Lulus pandadaranipun kandhidhat perangan ingkang kaping kalih Tuwan Parimpun Sirêgar, asli saking Binangah, Tapanuli.

Prakawis lintah dharat ing Jampang.

Sampun sawatawis lami pangadilan nindakakên papriksan prakawisipun tilas administratur ing Jampang ingkang nyambutakên arta dhatêng têtiyang ing ngriku kanthi pakartining lintah dharat. Têtela saking lungiding pakartinipun, kadugi wontênipun pangadilan namung sagêd nyêrêg prakawis anggènipun nyambutakên arta kirang saking satus rupiyah kanthi barang cêpêngan. Kajawi punika tiyang wau gadhah ingah-ingahan maesa kathah, kasade nyatus rupiyah dhatêng têtiyang ing ngriku, nanging ing sêrat piutang kasêbutakên satus salangkung rupiyah.

Pêrang lisah.

Wontênipun pêrang lisah sampun sirêp. Rêgining lisah bènsin saha lisah pèt sampun pulih kados sadèrèngipun tuwuh pêrang lisah. Samangke tumrap ing Bêtawi rêgining lisah bènsin 24½ sèn ing dalêm salitêr. Gêgayutan kalihan bab punika wêwakiling Aneta ing Nèdêrlan sampun wawan rêmbag kalihan dhirèksining Koninklijke, têtela pulihing rêrêgèn wau botên atêgês pulihing prêjanjianipun Koninklijke saha Socony.

Pananggulang madat.

Kawartosakên, minôngka propagandhah pananggulang madat Anti-Opiumvereeniging ing Bêtawi badhe damêl gambar sêbaran ingkang nêdahakên awonipun dayaning candu. Gambar-gambar wau badhe katèmplèkakên ing pamulangan-pamulangan, griya sakit, bale dhusun, sêtatsiun saha sanès-sanèsipun.

--- 549 ---

Tindak salingkuh.

Saking Mênadho Aneta martosakên, pangagêng ondêr dhistrik ing Amurang kasumêrêpan tindak salingkuh, arta pajêg cêcêpênganipun kapanggih wontên kirangipun f 3000.- Dakwa ngakêni kalêpatanipun, samangke sampun kapocot saking kananggahanipun.kalênggahanipun.

Palabuhan ing Surabaya.

Wontênipun palabuhan ing Surabaya saya dangu katingal saya majêng. Salêbêtipun wulan Marêt taun ingkang kapêngkêr cacahipun kapal ingkang malêbêt wontên 204, tumrap wulan Marêt taun punika wontên 228. Salêbêtipun kuwartal ingkang sapisan taun ingkang kapêngkêr cacahipun kapal ingkang malêbêt wontên 595, tumrap kuwartal taun punika wontên 673.

Seda.

Kawartosakên, kala malêm Ngahad tanggal 20 April ingkang kapêngkêr R.M.A. Côndranagara, bupati ing Imagiri ingkang sampun pènsiun saha dêdalêm ing Surakarta, seda dumugi yuswa 65 taun, jalaran gêrah sampun lami. Swargi panjênênganipun ingkang pêputra K.G.P.A. Natapraja, putranipun Ingkang Sinuhun Kaping VI. Samangke ingkang jumênêng bupati ing Imagiri putranipun piyambak, inggih punika R.M.A. Suryanagara.

Amburu ucêng kelangan dêlêg.

Saking Medhan Aneta martosakên, pangrêh praja ing Pangkalan Brandhan mêntas ambêskup lisah bènsin 20.000 litêr gadhahanipun sudagar bôngsa Tionghwa kalih. Miturut pranatan botên kenging simpên lisah langkung saking 900 litêr. Iba anggènipun angglêgês bilih botên konangan, jalaran rêgining bènsin samangke sampun pulih malih.

Idêlèr R.A.A. Jayadiningrat.

Awit saking panyuwunanipun piyambak R.A.A. Jayadiningrat, warga rad Indhia kaparêngakên lèrèh saking anggènipun jumênêng warga college van curatoren pamulangan-pamulangan luhur ing Bêtawi.

Asiah

Pêrang sami bôngsa ing Tiongkok.

Kabar kawat saking Tiongkok martosakên, tanggal 1 Mèi punika kadugi badhe dhawahing panêmpuhipun wadyabala golongan lèr. Jendral Yen Hsi Shan ingkang samangke nyêpêng panguwasa ing Pêking sampun misudha Chu Hoc Shio jumênêng panuntuning Republik Tiongkok lèr. Kawartosakên Chu Hoc Shio sampun manggihi para utusaning nagari mônca ing Pêking, saha lajêng ngundhangakên adêging Republik Tiongkok lèr punapadene pêrangipun kalihan wadyabala Pantèh kabangsan. Kawartosakên ugi, Jendral Tsjang Kai Sjek sampun wangsul dhatêng Nanking, pangandikanipun botên badhe mangun yuda sadèrèngipun wadyabala golongan lèr nêmpuh Kuwètèh. Kathah èmpêripun Jendral Tsjang Hsoe Liang senapati ing Mansuriah badhe ambantu parentah kabangsan.

Ebah-ebahan ing Indhia Inggris.

Bombai, 23 April (Aneta-Reuter). Mohamad Ali, panuntuning para kaum muslimin ingkang nalika ebah-ebahan ingkang rumiyin dados asta têngênipun Sang Gandi, samangke ing parêpatanipun para kaum muslimin anglairakên botên condhongipun kalihan aksinipun Sang Gandi. Kêkêncênganing parêpatan, para kaum muslimin botên badhe tumut nindakakên aksi mogok ambêguguk.

Tiongkok saha Sopyèt.

Arbin, 24 April (Spec. Bat. Nieuwsblad). Znamensky konsul jendral Sopyèt ingkang enggal sampun dumugi ing Mukdhên. Awit saking parentah Sopyèt ngaturakên karênaning panggalih dhatêng komisaris Tiongkok prakawis sajawining nagari, gêgayutan kalihan pawartos badhe pangkatipun utusan nagari Tiongkok dhatêng Mosko tanggal 1 Mèi punika. Ugi ngandikakakên bilih parentah Sopyèt sakalangkung rêna ing galih dene prakawis ing Tiongkok wetan badhe nuntên karêmbag sadèrèngipun prakawis-prakawis dhiplomatik kaajêngakên.

Eropah

Pos anggêgana.

Saking 's Gravenhage Aneta martosakên, bilih K.L.M. samangke ambudidaya badhe ngawontênakên lampah pos anggêgana antawisipun nagari Walandi-Indhonesiah, sabên saminggu sapisan, kadugi badhe sagêd kawiwitan ing wulan Sèptèmbêr 1932. Kangge lampah anggêgana wau prêlu kasadhiyakakên juru mabur 30 saha mêsin mabur 10. Mêsin-mêsin mabur wau sadaya Fokker modhèl enggal ingkang wawratipun 9000 kg. sarta sagêd ambêkta momotan ngantos 6000 kg., satunggal-satunggalipun mêsin mabur badhe kapasangan pirantos radhio. Salah satunggilipun mêsin mabur wau badhe kacobi rumiyin, benjing wulan Mèi 1931 badhe kapanggayihkapanggalih. pamêlinging mêsin mabur sanèsipun.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 2195 ing Kêdhunglumbu. f 3.- punika nyêkapi dumugi 30 Sèptèmbêr 1930.

Lêngganan nomêr 3390 ing Kêpatihan Kulon. Sampun têlas, lêngganan kapetang wiwit 1 Mèi.

Lêngganan nomêr 4092 ing Sidarêja. 19 Kajawèn botên mêdal, mriksanana wara-wara f 4.50 sampun katampi.

Lêngganan nomêr 1121 ing Kalimanjing (Dhampit), f 1.50 ingkang nêmbe kula tampi punika tumrap kuwartal 3. Dados manawi panjêngan badhe kèndêl, prayogi benjing tanggal 1 Oktobêr 1930.

--- 550 ---

Wêwaosan

Cariyos Calonarang

Babon saking basa Kawi, kajarwakakên mawi sêkar macapat, dening Radèn Wiradat, ing Surakarta.

2

[Kinanthi]

Kocapa sang wiku kondur / saking pamujan sêsanti / duk lênggah sarwi ngandika / animbali Wedawati / dhenok sira lagi apa / ora katon bocah iki //

mrenea gèr lan adhimu / garwane matur tan aris / kala wau têtukaran / kalih rayine abêngkrik / kula pripih malah pugal / mak sênthiyêng kesah mêlih //

sang yogi enggal anusul / kalihan ngandika aris / hèm iku môngsa oraa / mring kubure ibunèki / laju lampahe sang tapa / angulati Wedawati //

nèng pasetran wus kapangguh / sang yogi sangêt maripih / lênggah nyakêt lan wêwarah / ngarah pituruting siwi / angsung sorah wela-wela / wêwulang winola-wali //

kang putra dèn êlus-êlus / tan pêgat dèn ngandikani / sang rêtna mung nyuwun pêjah / lumuh marang Lêmahtulis / tulus gêmpunge agêmpang / datan gampang pinalimping //

malah tita nganti tutug / têtêp sang dyah ambêg pati / têmah mupus sang pandhita / sumendhe karsane Widhi / lajêng ngakèn dhatêng brayat / kulawarga Nglêmahtulis //

kinèn karya wisma tajug / sampêt saprantining panti / pinapan trêping pasetran / kanggo wisma Wedawati / ya ta padha sanalika / kalakon kang karya panti //

brayat ambreyot lir brayut / guyub pangayaping kardi / dinadak adandan-dandan / dumadak dadine gêlis / acèkli rupane rampak / rampung ramping gumarining //

gandhok pawon jagasatru / satrêping pasetran salin / dadi pomahan kang endah / andongong kang sami mèksi / pêthane pinôntha-pôntha / pêpêthetan tharik-tharik //

soka kumuning lan andul / cêpaka asana jêring / surastri bujangga puspa / wunga wari wunga tali / mayana lan pacarcina / têlêng pandhan pudhakwangi //

gambir mêlathi lan mênur / kuranta rantap miranti / runtut rêntêt miwah pêncar / kacaryan Sang Wedawati / têntrêm mèh mari mangarang / marêmi rêna mranani //

ing rina wêngi sumungku / puja bratane sinuci / sêca marang kabêcikan / pancèn pêpacangan luwih / putraning pandhita tama / asri panataning budi //

[Sinom]

gênti ingkang cinarita / Sang Sri Èrlangga Narpati / binathara tanah Jawa / baudhandha nyakrawati / bijaksana praniti / nityasambêg darma mardu / murdaning kamardawan / mardi kautaman adi / adikara karana kalokèng jana //

jumênêng ana ing Daha / dahat endah purèng aji / pra janma jroning nagara / girang garang sami aring / urut gigiring giri / gêring gêgiris tan tuwuh / tawa tawi atawar / warata suka basuki / saking sangkêp sikêpe kang ngrêksa praja //

mangkana wus sawatara / sêmuning sêmang sumêmi / mingip anèng desa Girah / mangkene ingkang dadi wit / ana rôndha anami / Calonarang tukang têluh / tuju lan taragnyana / rôndha sêkti sugih murid / ahli ngèlmu duwe kitab pêpêthingan //

saking sampurnaning kitab / mêngku kawruh ala bêcik / wis lumrah para candhala / donga ingkang mandi-mandi / ginawe misunani / sênêng nangsayèng tumuwuh / mangkana Calonarang / anake mung siji èstri / aran Rêtna Manggali ayu rupanya //

wus mèh lungse durung somah / wangsane êmoh ngrabèni / wong liya manèh sudia / kêdayan biyunge bêngis / ambêbangus tur srèi / saru sêsirik kang tinut / tanahe wong pitênah / tênung tan inang matèni / wus tinitèn tinampik wong sanagara //

Calonarang dahat rudah / isin awor muring-muring / murang marang koma-koma / kumat kumingsuning ati / nganti sêdya numpêsi / wong akèh arsa tinêluh / ya ta wus ngasta kitab / mêpak sagung para murid / Si Wêgsirsa lan Si Maisawadana //

Si Lêndhê Si Larungguyang / Si Gandhi prasamya ngiring / mring candhine Sang Hyang Durga / ya Bathari Bagawati / sawusnya praptèng candhi / Calonarang anyênyuwun / pasihaning Hyang Durga / derarsa numpêsi janmi / Calonarang maca kitab matak donga //

pra murid ambantu donga / sêmbari ngigêl angibing / abêbanggèn bêng-ubêngan / tandya Sang Hyang Bagawati / umiyos anêdhaki / saka ing arca jumêdhul / Calonarang sumêmbah / sujud sumungku ing siti / sasiswane pating jrêngking sujud nêmbah //

Bathari Durga ngandika / Calonarang anak mami / sira ngaturi maring wang / misungsung puji sêsaji / sêja apa ta nini / mara matura dèn gupuh / nuwun inggih klilana / amba nuwun sih bathari / badhe damêl pagêblug numpêsi tiyang //

iya wis aja sumêlang / ingsun uga anglilani / nanging aja wong jro kutha / ngêmungna ing têpis iring / sandika sang sinung ling / sumêmbah mituhu dhawuh / Bathari Durga muksa / Calonarang nuli mulih / samuride marang desane ing Girah //

satêkane desa Girah / nalika ing têngah wêngi / umahyakakên kêmayan / mayêng lawan para murid / anèng prapatan margi / jêjogedan masang têluh / kangsi lawan kêmanak / kang kinarya anggamêli / Calonarang suka bungah wijah-wijah //

ya ta tan antara môngsa / tuwuh gêgêring panastis / trus naratas ngômbra-ômbra / ngêmbrah layon andalidir / kêkês wong sanagari / katur ing parentah agung / ing Sang Prabu Èrlangga / miyos siniwakèng dasih / wadyabala bêlêg lubèr ambalabar //

mantrimuka atur priksa / yèn wontên sêsakit mandi / awit saking randhèng Girah / nênuwun Hyang Bagawati / samuridipun ngiring / têngah dalu atrap têluh / munggèng dlanggung prapatan / jogedan binarung kangsi / kang punika kathah têtiyang uninga // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 37, 8 Bêsar Taun Ehe 1860, 7 Mèi 1930, Taun V

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [567] ---

Ôngka 37, 8 Bêsar Taun Ehe 1860, 7 Mèi 1930, Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Sêtatsiun Radhio ing Malabar

[Grafik]

Gambar ing nginggil punika kawontênanipun sêtatsiun radhio ingkang kalêbêt agêng piyambak ing sa-Indhonesiah.

--- 568 ---

Pawartos Wigatos

Kursus Kadhastêr ing Bandhung

Ing Kajawèn nomêr 33 wontên katrangan-katrangan bab kursus kadhastêr ing Bandhung, kados botên wontên awonipun saupami kula mêwahi katrangan-katrangan sawatawis supados ragi gamblang. Sabab punika prêlu dipun uningani dening para mudha, sampun ngantos kalintu ing pandugi, ing wêkasanipun rumaos kêsasar.

Sumêbaring pawartos ing kalawarti: warni-warni, ing Kajawèn ugi botên katilaran martosakên manawi pakaryan kadhastêr ing wêkdal punika kêkirangan mantri 500. Usuling pangagênging pakaryan punika, dhakêngdhatêng. ingkang wajib, supados rantaman kangge taun punika dipun wêwahi. Saha kursus kadhastêr ing Bandhung dipun wêwahi tikêl kaping gangsal tinimbang wontênipun sapunika. Makatên èngêt kula yèn botên kalintu.

Lo: kawontênan pawartos ingkang makatên punika, anggonjingakên jagading para mudha, ingkang rumaos gadhah hak kangge nêmpuh dhatêng O.C.K. (Opleiding Cursus Kadaster) ing Bandhung wau, botên mawi taha-taha malih, têrus sami damêl sêrat palamaran dhatêng pangagênging kursus ing Bandhung. Binasakakên wontênipun sêrat palamaran ingkang dhatêng tuwan dhirèktur O.C.K. ngantos kados jawah.

Ing O.C.K. Bandhung punika kangge prêlu pintên-pintên bagian, kados ta:

1. Kangge kontrolir, ajun kontrolir, saha kangge mantri klasir.

2. Kangge ajun saha mantri kadhastêr.

3. Kangge bagean mantri ukur minwèsên.

4. Kangge mantri ukur bagean irigasi.

5. Kangge mantri ukur bagean prophinsi, utawi sanès-sanèsipun malih.

Ing ngriki kula botên badhe nyariyosakên ingkang ngantos gamblang, tumrapipun sadaya wau, namung sawatawis utawi sabagean ingkang sawêg anggonjingakên jagading para mudha. Kawuningana para maos: kangge golongan ingkang andhap piyambak inggih punika bagean ingkang kangge titêl mantri. Dene ingkang inggil piyambak karatipun tumrap ingkang kangge dhatêng O.C.K. bagean mantri, inggih punika ingkang kangge mantri kadhastêr, nanging tulahipun sakêdhik piyambak, inggih punika namung f 15.- ing sawulanipun. Ing môngka ingkang sagêd katampi saapêsipun kêdah gadhah dhiplomah K.E. utawi saking sêkolahan punapa kemawon ingkang sampun kasamèkakên kalihan dhurlupên H.I.S. dene dhiplomah kwikling utawi guru bantu kangge rumiyin-rumiyin pancèn kasinggihan sagêd lumêbêt, nanging kangge sapunika: manawi botên sagêd têmbung Wlandi: botên sagêd, awit ingkang kangge iksamên sadaya têmbung Wlandi. Mandar nêmbe-nêmbe punika sampun kalampahan, miturut pawartos: kantor kadhastêr Sêmarang kadhatêngan neneman saking Ungaran lan Salatiga ± 4, ingkang dhiplomah

--- 569 ---

saking guru bantu, badhe nêmpuh iksamên, sarêng ningali ingkang kangge iksamên inggih lajêng sami wangsul ngalênthung kemawon. Wontên malih ingkang sampun kêdadosan, salah satunggiling ilêp mantri kadhastêr, ingkang asalipun saking dhiplomah guru bantu, sarêng wontên ewah-ewahan balônja kangge ilêp mantri kadhastêr f 45.- ing sawulan: hla, kok piyambakipun têtêp, balanjanipun lami inggih punika f 35.- kemawon, dipun urus mrika-mriki putusaning rêmbag dipun sababakên sanès dhiplomah K.E., ing môngka kabar-kabaripun ing kadhastêr botên wontên Splitsing.

Mangsuli bab iksamên kangge dhatêng O.C.K. bagean kangge mantri kadhastêr. Sanadyan sampun dhiplomah K.E. sapanunggilanipun, punika ingkang sagêd angsal pilihan, yèn botên pêng-pêngan botên sagêd, buktinipun botên wontên 25% ingkang sagêd angsal, lo punika ingkang sampun kalampahan, kajawi kir dhoktêr. Dene manawi sampun angsal iksamênipun, sarta nyêkapi sarat-sarat ingkang kangge lumêbêt dhatêng O.C.K. tanggal 1 Agustus wiwit tumapaking sinau wau. Yèn sagêd lulus ngantos kalih taun, pungkasanipun kêdah iksamên malih, manawi angsal: lajêng pikantuk dhiplomah, lajêng katêtêpakên dados punggawa kadhastêr titêl ilêp mantri kadhastêr ... Panggenan manut katêtêpan saking pangagêng kadhastêr, wontên pundi sa-Indhia Nèdêrlan, kanthi blônja f 45.- ing sawulanipun, manawi ilêp mantri sampun 2 taun: dipun srup minôngka iksamên, manawi kanggêp: dados mantri 3e. kl. wêwah blônja f 5.- dados f 50.- ing sawulanipun. Mindhak-mindhak ngantos pangkat mantri 1e. kl. pantog balônja f 150.- ing sawulanipun. Lo samantên wau yèn tanpa pambêngan, ugi wontên saking mantri 1e. kl. lajêng dipun angkat kangge up mantri opnèmêr kadhastêr kanthi blônja f 175.- ing sawulanipun, nanging ingkang kanggêp, sarta cacahipun sa-Indhia Nèdêrlan sampun katamtokakên kathahipun kintên-kintên namung 10% saking kathahing para mantri. Mangsuli kangge iksamên têlas-têlasan ing O.C.K., sanajana sampun kalih taun wontên ing O.C.K., manawi botên pikantuk iksamênipun, inggih ngêntosi sanès wêkdal, iksamên malih, ngêntèsingêntosi. ± 3 wulanan. Miturut waton B.B.L. kangge blônja sarta anstèlêngipun mantri kadhastêr: wontên Schaal A7. anstèlêngipun 2e. Inl: School, ingkang punika nyumanggakakên, dene katrangan sanès-sanèsipun sampun kawrat ing Kajawèn No. 33, dene manawi wontên ingkang kagungan katrangan langkung têrang malih, sumôngga kula aturi ambèbèr, supados sami dipun kawuningani ing ngakathah, kula namung sagadug-gadugipun kemawon. Manawi kêparêng sêrat-sêrat kalawarti sanès-sanèsipun kula aturi mêthik katrangan-katrangan kula punika, bokmanawi maedahi ing ngakathah.

Kula lêngganan Kajawèn No. 1890.

--- 570 ---

Jagading Sato Kewan

Dara

Manawi wontên ingkang sampun ajêjodhoan sawatwis dangunipun, môngka lajêng dipun pisah, kajodhokakên kalihan dara sanès, nika adhakan botên gampil nuntên atut anggèning ajêjodhoan enggal, botên kados bôngsa pêksi utawi sato iwèn sanès-sanèsipun. Lan malih sanajan dara wau atusan jodho kathahipun sami kaêmor, lôngka sangêt yèn ta ngantos kalintu utawi supe dhatêng sisihanipun piyambak-piyambak, mila dara punika kasêbut gadhah watak titèn, waton sampun anggadhahi jodho, ingkang èstri botên gampil lajêng kagiwang jalêran sanès, katitik saking punika, ingatasing pêksi sêmunipun ugi anggadhahi katrêsnan anggèning ajêjodhoan, botên purun wayuh.

[Grafik]

Jêjodhoning pêksi

Mila sanajan jinising dara wau warni-warni, nanging racakipun kenging kawastanan sami gadhah pangrêtosan, tur inggih tutut, malah kenging dipun gêladhi kados ta ambêkta sêrat, bilih sampun matuh lajêng kenging kasêbut dara pos. mirid saking cêcriyosan, wontênipun ing tanah Eropah, dara pos punika mèh kêlimrah sangêt, nanging kosokwangsulipun tumraping tanah Jawi ngriki, ngingah dara punika namung kaanjingakên pasrèn utawi kalangênan kemawon.

Para maos tamtunipun inggih botên kêkilapan, ing cêcriyosan ngamônca asring nyêbutakên, salah satunggiling tiyang gadhah mitra utawi pêpacangan ingkang sampun sami asih, dumadakan lajêng kêpisah [kê...]

--- 571 ---

[...pisah] têbih padununganipun, môngka prêlu badhe pêpanggihan, nanging lêlampahanipun kadugi sangêt pakèwêd, punika lajêng migunakakên daranipun, inggih ingkang sampun dipun wulang sadèrèngipun, kapurih ambêkta sêrat, patrapipun sêrat wau kinalungakên ing gulu dara, isi pakabaran utawi sanèsipun ingkang murwat, prêlu kakintunan dhatêng tiyang ingkang dipun tuju, ing ngriku pakantukipun ugi sagêd anglêgakakên manah.

Kapirid saking punika, bab wontênipun tiyang anggêgulang dara supadosa kêkancuh sawatawis inggih sampun lami, namung wontênipun ing tanah Jawi ngriki dèrèng kêlimrah. Nanging rèhning kula piyambak ugi rumaos tuna ingatasipun bab punika, mila namung kula pasrahakên para ingkang karsa marsudi, kadospundi mênggah cara-caranipun anggladhi dara, murih sagêd dados kengkenan, ingkang ugi atêgês satunggiling pitulung, punapadene botên nama ingah-ingahan papedah. Sukur sèwu manawi karsa ngandharakên ing udyana Kajawèn ngriki.

Bab Tanêman

Wuni

Sami-sami wit-witan taun, wuni punika kêgolong wowohan kêlimrah, ananging awis tiyang ananêm wit wuni, limrahipun thukul kajêngipun piyambak, lajêng dipun opèni dados agêng. Dene ingkang kathah, wit wuni punika dumunung wontên ing wana, witipun ngantos agêng sangêt, kajêngipun atos.

Wit wuni punika kêgolong gêsangan sangêt, botên pilih siti, awohipun manawi witipun sampun agêng, kintên-kintên sampun gangsal wêlasan taun, sêkaripun malêtuk, anggônda botên eca, wohipun dhêdhompolan tunggil sagagang rêrentengan, agêngipun samrica-mrica, mila ngantos kenging kangge wangsalan, nêmbungakên tiyang nyakajêng dhatêng wicantêning tiyang sanès, ungêlipun: mrica kêcut, têbusanipun: sauni-unine, angsal dening wuni. Sasampunipun pêntil, warninipun ijêm, lajêng dados pêthak, salajêngipun: jêne, abrit sêmburat, abrit sêpuh, wusana ithêng, nama sampun sêpuh.

Wuni punika kêgolong wowohan kêcut, nanging ugi wontên ingkang lêgi. Ingkang sampun kêlimrah wuni lêgi punika wêdalan Sêmarang.

Limrahipun wuni punika kangge rujakan, wontên ingkang kangge rujak ulêg, dipun wor ngulêg kalihan rujakan sanès-sanèsipun, ngiras kangge asêm. Wontên ingkang dipun angge rujak lêgi, inggih punika rujak dhêplok dipun toyani, dipun kaduki gêndhis, wuninipun namung dipun rênyêk mônda-mônda, ing ngriku wujuding wuni katingal môncawarni, ijêm, pêthak,

--- 572 ---

jêne, abrit, ugi wontên ingkang cêmêng, wontênipun warni môncawarni wau, amargi wuni sadhompol punika sêpuhipun botên sarêng. Wujudipun pèni, amenginakên. Jalaran saking pènining wujud, saha warninipun môncawarni wau, namaning rujak wuni dipun sambut kangge namakakên têtêdhan warni-warni ingkang dipun rampad nunggil sapiring, têtêdhan ingkang dipun rampad makatên wau dipun namakakên: têtêdhan rujak wuni, limrahipun kangge sêsêgah kônca niyaga.

[Grafik]

Wuni ingkang kadadosakên lintuning asêm, punika atêgês kangge bumbu, limrahipun namung tumindak ing padhusunan. Dene ingkang mathuk piyambak kangge ngêcuti sambêl pêcêl wijèn, pandamêlipun dipun wor kadosdene panganggening asêm. Mênggah jangananing pêcêl inggih sampun ambêkta pantês piyambak, inggih punika lêmbayung kacang ruji ingkang ênèm, kacang ruji ingkang ênèm, sêkar turi, gênthêng (gênthêng punika thokolan kadhêle). Pêcêl makatên punika sanadyan rèmèh, nanging eca kamoran sêdhêp.

Kajawi kangge dhêdhaharan rèmèh, wuni punika inggih kenging kangge dhêdhaharan adi, inggih punika kadamêl sêtrup. Malah ing jaman rumiyin, sêtrup wuni punika kêgolong adi sayêktos, raosipun lêgi sêgêr, wujudipun abrit maya-maya botên sarana pulas. Dene pandamêlipun makatên:

Milihana wuni ingkang sampun ithêng-ithêng, kagodhoga ngantos tanak, wuninipun lajêng dipun pêrêsi ngantos apuh, nuntên kasaring. Toya godhogan wuni wau lajêng dipun cêmplungi gêndhis pasir têrus kagodhog ngantos sakênthêlipun, nama sampun dados sêtrup, kanthi tindak gampil-gampilan, tur raosipun sampun onjo.

Tumrap ing padhusunan, tiyang gadhah anak punika limrahipun mawi uyup-uyup, ingkang dipun damêl gêgodhongan warni-warni, ugi botên supe ngangge godhong wuni, dayanipun inggih ngêcutakaên jampi, utawi adamêl sêdhêp. Saking cariyosipun tiyang ingkang nate uyup-uyup, raosipun sêgêr, botên beda rujak, tur andêrêsakên toya sêsêpan.

--- 573 ---

Bab Ringgit

Bathara Guru

Sambêtipun Kajawèn nomêr 36.

Kacariyos kala jamanipun Gusti Kangjêng Nabi Ngisa, kangjêng nabi tansah anggalih murih sirnaning dewa, jalaran saking panggubêling para sakabat. Kangjêng Nabi lajêng manêgês karsanipun Ingkang Kawasa, tinarimah panuwunipun. Ing ngriku Kangjêng Nabi Ngisa mundhut lêmpung ginalintir cinipta dados pêksi dara mawa wisa, lajêng mumbul ing gêgana nuju dhatêng panggenaning para dewa ing pucaking rêdi Têngguru inggih Himalaya.

Sang Hyang Guru botên kasamaran, bilih badhe wontên pêksi dara dutanipun Kangjêng Nabi Ngisa, lajêng dhawuh dhatêng para dewa tuwin widadari, ingandikakakên ngalêmpak. Botên dangu pêksi dara dhatêng dumarojog wontên ngarsanipun Hyang Guru tuwin wicantên: He Bathara Guru, ingsun iki dutane Nabi Ngisa, kêkasihing Pangeran, sira kabèh padha ingandikan, kerida ing salakuningsun.

Sang Hyang Guru mirêng ucaping pêksi dara ingkang makatên wau, botên pisan-pisan ulap ing galih, awit amokalakên manawi pêksi dara sagêd adamêl karisakan, malah lajêng dhawuh dhatêng para dewa kadhawuhan nyêpêng. Para dewa lajêng tumandang, nanging tanpa damêl, pêpindhanipun kados nyêpêng wêwayangan. Pêksi tumuntên muluk angambara, para dewa nututi botên sagêd ngungkuli ibêring pêksi. Malah botên dangu pêksi dara angêdalakên wisa sumawur amor angin, waradin dhumawah ing pundi-pundi.

Para dewa sami bingung, jalaran botên kuwawi kadhawahan wisa saking nginggil, sintên ingkang kadhawahan, karaos kados dipun salomot ing latu. Wusana para dewa kapêksa ngungsi nilar kaswarganipun dhatêng sanès panggenan, nanging mêksa dipun tut ing pêksi dara kemawon, tanpa kêndhat tansah anjawahi wisa saking nginggil, para dewa sami kataman sadaya, namung Sang Hyang Wisnu ingkang kalis. Ing ngriku Sang Hyang Guru botên kêkilapan, bilih ingkang sagêd nyirnakakên mêngsah namung putra Sang Hyang Wisnu, mila lajêng dhawuh tumuntên nyirnakna pêksi dara upas wau.

Hyang Wisnu inggih sampun botên kêkilapan bab punika, nanging ajrih saupami ngrumiyini karsanipun ingkang rama, mila satampining dhawuh, Hyang Wisnu lajêng ngasta cakra dipun lêpasakên dhatêng pêksi dara, pêksi lajêng dhawah, wontên lambunging rêdi Marapi tanah Sumatra, kuwônda sirna dados talaga upas. Sasirnaning pêksi dara ngawontênakên gara-gara anggêgirisi, pêtêng andhêdhêt pintên-pintên dintên, ngantos adamêl kêkêsing para dewa tuwin widadari. Wusana sarêng padhang bêntèripun anglangkungi, sadaya sami ngêlak sangêt, ing pundi-pundi botên wontên toya, kêkajêngan kados garing angarang. Kacariyos para dewa, para widadari lajêng sami sumêrêp talaga, toyanipun bêning kados kaca, sanalika sami katarik ing manah botên kenging dipun sayuti, lajêng agahan sami ngombe toya talaga wau. Sasampunipun [Sasampuni...]

--- 574 ---

[...pun] ngombe, lajêng sami tiwas sanalika. Kala samantên Hyang Guru inggih sampun kalajêng tumut ngunjuk, nanging sawêg dumugi ing tênggak karaos bêntèr sangêt, toya lajêng dipun sêmprotakên, nanging tênggakipun Sang Hyang Guru dados bêlang pêthak. Para dewa sampun sami tiwas sadaya, namung kantun Hyang Guru kalihan Hyang Wisnu, nanging sadaya ugi lajêng kagêsangakên malih sarana tinetesan ing tirtamarta. Ing ngriku Hyang Guru lajêng jêjuluk Sang Hyang Nilakôntha, kabêkta saking tênggak ciri pêthak.

Wontên sawênèhipun kaol, kacariyos Sang Hyang Guru ing batos taksih dèrèng narimah ing bab anggèning kasoran kalihan nabi, awit nabi punika inggih tiyang limrah kemawon, mênggahing kalangkungan, para dewa botên badhe kasoran. Nuju satunggiling dintên, Hyang Guru uninga tiyang nuju sêmbahyang, ngadêg sidhakêp arêrimong jubah. Hyang Guru mangrêtos, bilih ingkang kados makatên punika patrapipun tiyang manêmbah dhatêng Pangeran, Hyang Guru gumujêng lan ngandika salêbêting batos: yèn patraping manêmbah mung kaya mangkono bae, luwih gampang, ingsun iya bisa, tangane kang loro sidhakêp, kang loro gumandhul. Sayêktosipun ingkang dipun wastani gumandhul wau lêngêning jubah. Hyang Guru lajêng nyipta asta sakawan kagêm anirokakên, wusana kalajêng, asta ingkang kalih botên kenging dipun racut malih. Ing ngriku Hyang Guru rumaos kêwêlèh, anggènipun maoni wau anêmahi. Bab makatên punika amanjalari anggènipun Hyang Guru kagungan asta sakawan. Mênggah lêrês lêpatipun cariyos wau kasumanggakakên para maos.

Pawartos Nagari Mônca

Ebah-ebahan Kabangsan ing Mêsir

Dèrèng patos dangu sêrat-sêrat kabar ing Mêsir sami rame angrêmbag bab lampahipun utusan-utusan parentah Mêsir kanthi tuntunanipun Sang Nahaspasah dhatêng Londhon, prêlu wawan rêmbag saha damêl prajanjian kalihan parentah Inggris ing bab wêwênangipun nagari Mêsir.

Para maos kados botên kêkilapan, nagari Mêsir punika salah satunggiling jajahanipun karajan Inggris, karajan ingkang jajahanipun nyarambahi ing saindênging jagad. Supados langkung gambêlang ing ngriki prêlu kajèrèng sawatawis mênggah mulabukanipun nagari Mêsir karêgêm ing karajan Inggris.

Ing pungkasaning abad ingkang kaping 19 ingkang ngasta pusaraning praja inggih punika Nata Ismail, dumugi taun 1879, nalika samantên kawontênanipun arta nagari morat-marit, anjalari Inggris saha Pêrancis lajêng tumut cawe-cawe prakawis salêbêting praja. Ing taun 1881 ing Alèksandriah tuwuh wontên kraman, kalampahan sagêd kasirêp dening wadyabala Inggris. Inggih wiwit titimôngsa wau tancêbing panguwaosipun karajan Inggris wontên ing Mêsir.

Ing taun 1914 anyarêngi tuwuhipun pêrang donya, nata ingkang jumênêng Abas II, kalungsur [kalung...]

--- 575 ---

[...sur] saking panguwaosipun, Husèn Kamil lajêng kajumênêngakên nata minôngka gêntosipun, nagari Mêsir sanadyan taksih nama mardika, nanging taksih kaayoman karajan Inggris (protectoraat).

Tancêbing panguwaosipun parentah Inggris ing Mêsir, sanadyan tumrap têtiyang saha panggêsanganipun atêgês kamajêngan, nanging tumrap para kaum kabangsan atêgês icaling kamardikan, mila inggih botên anggumunakên bilih wontênipun ebah-ebahan kabangsan saya dangu saya ngranuhi. Parentah Inggris ugi botên kêkilapan ing bab punika. Ing taun 1922 nagari Mêsir sampun botên kaanggêp tanah jajahan malih, nanging parentah Inggris taksih gadhah wêwênang ngawontênakên wadyabala ing Mêsir, gêgayutan kalihan kawigatosanipun susukan Suwès tumrap karajan Inggris. Ingkang makatên wau sampun têmtu botên adamêl sênênging manahipun para kaum kabangsan, wasana lajêng tuwuh satunggiling parte, parte waph, ingkang nindakakên pulitik kabangsan tumuju dhatêng icaling panguwaos-panguwaos nagari mônca ing Mêsir.

[Grafik]

Tilas nata ing Bulgari, Prabu Ferdinand nalika rawuh ing Mêsir.

Sakawit parte wau botên sapintêna panguwaosipun, nanging nalika pilihan parlêmèn ingkang kantun-kantun parte waph sagêd mênang, parentah Mêsir lajêng nindakakên pulitik kabangsan malih. Parentah Inggris botên kêndhat tansah nyobi damêl pirukunan kalihan parentah Mêsir, nanging tansah cabar botên kadadosan. Ing taun 1929 parentah Mêsir ngintunakên utusan malih dhatêng Londhon. Wohing rêmbag kalihan parentah Inggris panyuwunanipun kaum kabangsan dipun kabulakên: wadyabala mêndhêt saking Mêsir, namung ing sawatawis panggenan ing susukan Suwès kawontênakên wadyabala Inggris minôngka anjagi susukan wau, dados atêgês: nagari Mêsir kaanggêp sampun kados nagari ingkang mardika.

Kados ingkang kasêbutakên ing kabar kawat, kala tanggal 8 Pèbruari parlêmèn ing Mêsir sampun mupakat ing bab anggènipun badhe wawan rêmbag kalihan parentah Inggris, tanggal 20 Marêt Sang Nahaspasah tuwin utusan sanèsipun cacah priyagung sanga bidhal saking Mêsir dhatêng Londhon.

Para maos kados sagêd anggalih piyambak, badhe wontêning prajanjian-prajanjianipun parentah Mêsir saha parentah Inggris, sampun têmtu botên kanthi gampil, dumuginipun sapunika dèrèng wontên wasananipun. Miturut sêrat-sêrat kabar ingkang murugakên rêndhêting lampah inggih punika prakawis wêwênangipun nagari Mêsir ing tanah Sudhan. Kadospundi badhe trajangipun pulitik parentah Inggris ingkang wêkdal samange awarni kaum bêrah (labour) ing bab wontênipun ebah-ebahan kabangsan ing Mêsir saha ing Indhia Inggris, prayogi kasarantosakên kemawon.

--- 576 ---

Waosan Lare

Kapatèn Obor

III. Subur mangkat mênyang nagara.

[Sinom]

enak wong ana nagara / awake arêsik apik / wêruh palataran ômba / sanadyan dadi wong cilik / uripe mêksa bêcik / ora galuprut ing êndhut / lan wêruh mênyang basa / labête cêdhak priyayi / sapolahe ora tinggal tatakrama //

enak wong ana nagara / mêruhi rêrupan pèni / beda karo uwong desa / mung wêruh watu lan krikil / urip ora mêjaji / mung diprêtêk pondhong pikul / sambène ora liya / mung mitran lan kêbo sapi / anggocèki garu luku sabên dina //

ana kancane sing nyêla / bok wis Bur narima bêcik / kanggo apa kalongkongan / yèn isih gêlêm nglakoni / tiwas anggantung gusi / karêpanmu ora jêbul / bok ya uwis narima / dadi wong tani nyukupi / barêkahe bisa mangan sabên dina //

yèn garange wong nagara / sok mung gêrêng-gêrêng garing / garunêngan sabên dina / saka kajudhêgan ati / anggone kudu pèni / pon-ponane êmung nêmu / susah sadina-dina / bêtèke nekad nututi / kabrêgasan sing petungane sulaya //

Subur mênêng tanpa kôndha / rumasa kêtrucut muni / saka bangêting panggagas / wadine nganti kêlair / êmung rasaning ati / ora owah sagalugut / mêksa nêdya suwita / nanging patrape saiki / mung dibatin diarah aja katara //

sauwise wayah awan / Subur nuli bali mulih / kêbone mampir diguyang / karo adus dhewe rêsik / wise rampung anggiring / digawa mulih malêbu: / mênyang ing jêro desa / diplegungke ngisor uwit / iya kuwi ênggone Singadikrama //

kono Singa undang-undang / e, renea Subur dhisik / Subur ya tumuli mara / kon malêbu omah buri / lakune mindhik-mindhik / kaya satêngah anjrunthul / ing kono Subur cêtha / wêruh êmbokne alinggih / rêp-arêpan karo Pak Singadikrama //

Pak Singa tumuli kôndha / Subur aku dikandhani / jare kowe duwe niyat / arêp ngawula priyayi / bakyu ya anjurungi / aku mono sogah-saguh / mung kowe apa tênan / mantêp niyat anglakoni / yèn wis mantêp aku ya mung sukur bungah //

nanging ngatase cah desa / kowe dhewe kudu ngrêti / yèn amor pyayi nagara / mêsthine ya tiba buncit / awit lumrah priyayi / nyang cah desa padha ngêkul / dianggêp bocah rucah / yèn kowe nganti mrangguli / kang mangkono tampanên kanthi narima //

wis le sesuk bae budhal / Pak Singa dang-undang nuli / bokne mrenea sadhela / wise têka kôndha lirih / aku jupukna jarik / kae lo jarik taruntum / karo ikêt sing modang / lan manèhe sabuk lurik / karo coba jupukna klambine Bêja //

kabèh wis dijupuk pêpak / Pak Singa nyandhak kulambi / karo muni: hara coba / ênya le jajalên dhisik /

--- 577 ---

Subur nuli nampani / klambi dicoba srêg mlêbu / Singa tumuli kôndha / dene kuwi bêcik apik / êsrêg bangêt sasate klambi iyasan //

coba gulone bênikna / e, la, dene ya wis mathis / wis thole sesuk dandana / mangkat esuk bae bêcik / kocap ing wayah bêngi / bok rôndha nginêp lan Subur / padha klêsikan kôndha / ora liya angrasani / ing bab gone arêp ngabdi nyang nagara //

kira wis wayah jam lima / Subur uwis tangi linggih / bokne nuli akon dandan / wis kana adusa dhisik / Subur nuli nyang kali / bokne nyandhak jarik miru / wirone mèpèt brêgas / ling-eling uwis nglakoni / dhèk ênome tau omah ing nagara //

ora suwe Subur têka / nuli dandan dibêbêdi / bène rada ketok brêgas / dhasar wirone malipis / wise rampung niliki / kêbo sing isih anjêrum / karo kôndha dhewekan / arêp pisahan saiki / wis kèria kowe aja dhêmên beka //

kêbone dilus-lus tangan / mripat karo mrêbês mili / ngono watake cah desa / trêsna mênyang kêbo sapi / Singa nyêluki nuli / uwis ayo mangkat Subur / Subur janggirat mara / mênyang ing êmbokne pamit / bok warôndha awèh slamêt kaca-kaca //

wong loro nuli budhalan / Subur gone mlaku rindhik / wirone tansah dicandhak / bok warôndha alon muni / e, e, anakku kuwi / nadyan bocah desa kaku / dene barêng wis nyandhang / padha lan anak priyayi / yèn dadine ora kalah lan bandara //

ing kono saya kagagas / kabèh sing kêpungkur eling / cêtha agawang-gawangan / ing sawise nuli pamit / bok Singa anglilani / lan nguwèhi bêras katul / bok rôndha bangêt nrima / ing batin tansah mêmuji / salawase dadia kanthi bêbrayan //

[Grafik]

Ing sisih punika gambaripun plabuhan ing Panarukan. Baita-baita ingkang katingal punika sami dhatêng saha kesah saking plabuhan.

--- 578 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Kasênêngan wontên ing Batawi

Garèng: Truk, Truk, lagi dina Minggu kang kapungkur, omahmu esuk-esuk tak pruput, jêbul ora ana wong siji-sijia. Dalasan Makne Kamprèt bae, sing biasane sabên dina ambanting awak: lèyèh-lèyèh ana ing rusban sabab kakehan gajih, kok mêksa iya ora ana. Lo, kowe sakloron padha mênyang ngêndi. Upama kabênêr dina Minggu tanggal thikluk-thikluk ngono, kêna diarani yèn kowe duwe sêdya arêp ngirit-irit nyuda liwêtan sadina, saranane anyanthong nyang omahe sobatane. Balik tanggale isih amrêmadi, lan kirane bon-bon isih padha disêmayani nganti tanggal 5 utawa 6, mêsthine blanjane iya isih mêthuthuk. Mulane kala samono gagasanaku banjur pirang-pirang, we hla, apa wong loro kiyi mêntas padha ngimpi nguntal rêmbulan, banjur saikine padha maju pêrang barêng-barêng, sabab anêmtokake yèn bakal bisa wuwuh rêjêkine.

Petruk: Hla, kuwi nèk Kang Garèng, yèn ngarani wong le sagêlêm-gêlême bae. Mungguhing aku, ingatase dadi jurnalis, sabisa-bisa wêktune kang nganggur kudu digunakake apa-apa kang migunani. Jurnalis kuwi sanyatane uripe, dadi olèhe pangan lantaran saka anggone adol carita, mulane sajam-jame, samênit-mênite, malah sasêkon-sêkone pisan, ya tansah kudu anggagas bae, apa sing bakal dicaritakake, prêlune anjaga aja nganti diarani jurnalis kêntekan rêmbug. Kiraku kowe dhewe wis kêrêp mênangi koran utawa kalawarti, sing nalikane wiwit mêtu, isine pancèn iya atos kaya kênthos salak têmênan, nanging suwe-suwene jurnalis sing diwajibake mandhegani mau kêntekan rêmbuge, wusanane isining koran utawa kalawartine mau, iya isih atos kaya kênthos, nanging kênthosing ... klapa, nèk dicokot mak ... pês, ngono kae. Mulane sênêng-sênênging jurnalis utawa carane jurnalis golèk panglipure atine, kuwi iya beda karo wong lumrah. Kaya ta upamane: masane wong ithuk nyambut gawe, jurnalis nunggoni bukake restoran anyar, ngicipi olah-olahan sing gandêm anglênyêm. Rumasane [Ruma...]

--- 579 ---

[...sane]

wong lumrah têmtune: wèh, iya pancèn kapenak wong dadi jurnalis kuwi, wong liya-liyane padha anjingkrung nyambut gawe, dhèwèkne mangan enak kanthi gratis. Utawa nonton: sêtambul, wayang wong, kumidhi jaran, lan sapêpadhane, wong liya kudu ngrogoh kanthong, tur durung karuwan olèh papan sing kapenak, nanging nèk jurnalis, wis ora nganggo bayar, thik olèh panggonan nyang ngarêp dhewe. Jalaran saka kabèh mau wong liya mêsthi ngarani, yèn wong dadi jurnalis kuwi têmtu silir-silir bangêt. Ora pisan-pisan anggagas, yèn mêntas dipakani, utawa mêntas ditongtonake kanthi gratis, jurnalis kudu nglairake panêmune ana ing koran, karêpe sing awèh pangan utawa sing nontonake mau: jurnalis ya kudu ngalêmbana sing nganti kêpêntut-pêntut kae, nèk pancèn kêna dialêm mono, iya sênêng bae. Balik kosok-baline, upamane: olah-olahane restoran mau: sêgane gorèng kurang brambang kurang mrêtegane, sladhahe kurang cokak, mine kakehan thokolane lan sapiturute, dumèh dipakani kanthi gratis bae, apa jurnalis iya dikon nulis: wadhuh, olah-olahane restoran kana kae rasane kaya olah-olahan swarga. Hla, kiyi jênênge rak banjur: jurnalis makan suwab.

Garèng: Wèyèh, le sêsorah kok banjur diulur-ulur kaya korèspondhèn golèk koloman.

Petruk: Lo, aku mung arêp ngandhakake angèle wong dadi jurnalis, ora kêna pilih sih, ora kêna rewang-rewangan, pikirane kudu sing jêjêg, ora kêna nolèh ngiwa nolèh nêngên, sanadyan sadulure dhewe yèn salah kudu disalahake, kosokbaline, sanadyan mungsuhe pisan, yèn bênêr iya kudu dibênêrake. Sawangane wong liya, dadi jurnalis kuwi mêsthi kêpenak, awit apa-apa olèh gratis, nanging sing nglakoni dhewe sabênêre ngrêkasa. Kaya ta jurnalis mêntas nênonton, kuwi wajibe agawe wawasan, nanging wawasane mau sabisa-bisa kudu awujud arêp andandani, aja awujud arêp ngrusak, kaya ta mêntas nonton wayang wong, banjur gawe wawasan mangkene upamane: lo, hla wong tilas tukang nyunggi bêras, têka didadèkake Janaka, iya mêsthi bae bêdigang-bêdigung mêngkono, utawa: Wrêkudarane cacingên, nganti wujude kaya kudhi. Wawasan sing mêngkene kiyi ora wujud arêp andandani, nanging jênêng pangala-ala, karêpe mung arêp ngrusak.

Garèng: Yah, iya ora jangji yèn banjur ngomongake pagaweanmu dhewe ngono, panjalukku pitakonku ing ngarêp, wangsulana dhisik, yaiku nalika dina Minggu kang kapungkur kowe sakloron lunga mênyang ngêndi.

Petruk: Ing ngarêp aku wis ngomong, yèn kasênêngane jurnalis kuwi beda karo wong lumrah. Lêlakonku nalika dina Minggu kuwi wong liya mêsthi ngarani sênêng-sênêng, nanging tumraping jurnalis sawijining pambudidaya golèk cacritan. Yaiku: lêlayaran nyang pulo-pulo sacêdhaking kutha Batawi kene. Liya dina bae tak caritani sing nganti gamblang.

--- 580 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah

Algêmènê sèkrêtaris enggal.

Dèrèng dangu Tuwan Gerke, algêmène sèkrêtaris ingkang nêmbe jumênêng ngawontênakên rêsèpsi wontên ing dalêmipun ing Bogor. Kajawi amtênar-amtênar ing Bogor, saking Bêtawi ugi kathah pangagêng-pangagêng saha konsul-konsul ingkang rawuh.

Pananggulaning sêsakit cacar.

Aneta mirêng kabar, ing wêwêngkon Kêbayoran, sacêlakipun Bêtawi, salêbêtipun môngsa ingkang kantun-kantun punika watawis wontên tiyang 100 ingkang kenging sêsakit cacar. Ingkang kalajêng ngajal wontên 5%, ingkang nandhang sakit ingkang kathah sami kapulasara wontên ing C.B.Z. Minôngka pananggulang sumrambahipun sêsakit wau samangke têtiyangipun sampun mèh sadaya kasuntik malih. Ing wêwêngkon Tanggêrang saha Kabupatèn Bogor, ugi wontên tiyang sawatawis ingkang katrajang. Sabên dintênipun kirang langkung wontên tiyang 1000 ingkang kasuntik malih.

Pamulangan luhur pangadilan.

Lulus pandadaranipun dhoktoral perangan ingkang sapisan Tuwan M. Sudarjat, saha pandadaran kandhidhat perangan ingkang kaping kalih Tuwan R.M. Suryadiningrat.

Sêtatsiun mêsin mabur enggal.

Aneta angsal pawartos, samangke sawêg kapanggalih ing papan anggêgana ing Medhan badhe kaêdêgan sêtatsiun mêsin mabur, badhe kawangun kados ing Cililitan (Bêtawi) namung langkung alit saha prasaja. Pakaryan badhe katindakakên dening B.O.W.

Tuwan Middendorp saha Tuwan Stokvis.

Saking Bogor kawartosakên, wiwit tanggal 10 Mèi ngajêng punika Tuwan W. Middendorp warga rad kawula sawung I.S.D.P., katêtêpakên malih wontên pangrèh praja, kanthi pangkat saha sêsêbutan asistèn residhèn, kabantokakên dhatêng residhèn ing Tapanuli. Tuwan Stokvis rawuhipun ing ngriki benjing tanggal 9 Mèi punika, kadugi lajêng badhe kawisudha jumênêng warga rad kawula minôngka gêgêntosipun Tuwan Middendorp.

Konggrès Al-Islah Wal-Irsad

Benjing tanggal 12 dumugi 14 Mèi ngajêng punikpunika.

pakêmpalan Al-Islah Wal-Irsad, pakêmpalanipun bôngsa Arab kaum mudha, badhe ngawontênakên konggrès taunan manggèn ing pamulangan Al-Irsad ing Pêtojo, Bêtawi. Gêgayutan kalihan bab punika Tuwan Ahmad Surkati, guru agêng pakêmpalan Al-Irsad, ugi badhe rawuh saking lawang saha badhe mêdar sabda pambuka, punapadene mratelakakên kawontênan saha ancasing pakêmpalpakêmpalan. wau.

Ingkang bupati ing Bandhung.

Kawartosakên R.A.A. Wiranatakusuma, sampun ngaturakên panyuwunan badhe lèrèh saking anggènipun jumênêng bupati ing Bandhung, kadugi gêgayutan kalihan pakaryan-pakaryanipun wontên ing rad kawula saha rad propinsi.

Stovia.

Lulus pandadaranipun Indisch-arts perangan ingkang sapisan tuwan-tuwan: Slamêt Sastradiwirya, Gusti Hasan, Sayidiman, Ramêlan, Suharja, Daliludin, Sukasna, Darwis, Karmawan, Sagaph Yahya, Sukarja, Sahar, Gindho Sirêgar.

Kaangkat dados Indisch-arts tuwan-tuwan Sukardi, Ajidarma, Subawa, Syaiphul Anwar, Dwijatanaya, Sugiri, Musbar, Gularsa, Syamsudin, G.M. Rehattah, Sukendar, Sujita, Janas, Sudirman, Guwardi.

Pamulangan luhur dhoktêr.

Lulus pandadaranipun kandhidhat perangan ingkang sapisan tuwan-tuwan: R. Sumitra (Banjarnagara), R.M. Rohyat (Sukaraja, Lêdhug), M. Sutrisna (Ragajampi), R. Markatab Purwadirêja (Purbalingga).

Soeara Publiek.

Saking Surabaya Aneta martosakên, dhirèksining sêrat kabar Soeara Publiek tanggal 1 Mèi punika sampun amocot dhirêkturipun, Tuwan Waney, jalaran macak manipès saking Perhimpoenan Indonesia botên kanthi suka uninga rumiyin dhatêng up rêdhaksi.

Indhakan paos saha paos enggal.

Kawartosakên, kangge nutupi wontênipun kacupêtan ing rantaman taun 1931 miturut Het Nieuws ing dhepartêmèn phanpinansiên samangke sawêg kadhapuk badhe ngusulakên indhakan pajêg kalih warni, inggih punika pajêg pangasilan kaindhakakên 6%, beya tumrap sawatawis barang-barang ingkang malêbêt kaindhakakên 6% punapadene kawontênan pajêg kamuktèn (weeldebelasting) bab punika sarana kawat pamarentah sampun wawan rêmbag kalihan ministêr jajahan.

Tiyang sagriya sakit ewah.

Ing sacêlakipun Salembah, Bêtawi, dèrèng dangu wontên lêlampahan ingkang nganèh-anèhi, inggih punika satunggiling tukang grobag dalah semah saha anakipun tiga dumadakan sami sakit ewah. Tukang grobag wau satunggiling dintên dumadakan katingal ewah pikiranipun [pikirani...]

--- 581 ---

[...pun] ngantos prêlu kasingkirakên dhatêng papan pamulasara tiyang ewah ing Grogol. Botên lêt dangu têtela, semahipun ugi boten saras pikiranipun, ugi lajêng kasingkirakên dhatêng Grogol. Makatên ugi anak-anakipun, solah tingkahipun nganèh-anèhi. Ingkang makatên wau tumrap têtiyang kampung sampun têmtu lajêng nuwuhakên pangintên warni-warni, saking guna-guna, kuwalat tuwin sapanunggilanipun.

Pilêm suwara.

Aneta martosakên, Tuwan Schoedsack juru damêl pilêm ingkang sampun andamêl pillêm Chang ingkang anggambarakên kewan-kewan ing Siyêm, samangke ada-ada badhe andamêl pilêm suwara ing wana ing Acèh. Ingkang badhe tumut main inggih punika bôngsa Acèh, bôngsa Malayu saha bôngsa Jawi. Tuwan kasêbut nginggil ugi mêntas andamêl pilêm ing sacêlakipun Birèyên.

Asiah.

Ebah-ebahan kabangsan ing Indhia Inggris

Kalkutah, 29 April (Aneta-Reuter). Sènguptah, ingkang kaukum kunjara 6 wulan jalaran ngojok-ojoki, kanthi suwara umum kapilih malih jumênêng bêrgêmèstêr ing Kalkutah. Sampun kaping gangsal punika Sènguptah kapilih jumênêng bêrgêmèstêr.

Dhèlhi, 29 April (Aneta-Reuter). Jalaran miturut ungêling ordhonansi tumrap pèrês ingkang sampun kaundhangakên malih dening raja mudha kêdah ambayar arta tanggêlan 50.000 rupe, kumisining sadaya sêrat-sêrat kabar ing Dhèlhi mupakat sumêdya anjugag wêdaling sêrat-sêrat kabar, lajêng badhe ngêdalakên sêrat kabar satunggal kemawon.

Niu Dhèlhi, 30 April (Aneta-Reuter). Dhawidhas Gandi, putranipun Sang Mahatma, jalaran ngojok-ngojoki, kaukum kunjara sataun.

Pêrang sami bôngsa ing Tiongkok.

Pêking, 29 April (Aneta-Reuter) senapati Yen Hsi Shan saha marsêkalêk Feng Yu Hsiang, sampun angundhangakên dhatêng wadyabala Tiongkok lèr, kaawisan malêbêt ing greja-greja saha griyaning bôngsa mônca, punapadene kadhawuhan anjagi jiwa saha barang darbèkipun bôngsa mônca. Ing Pêking sampun kalampahan kabangun satunggiling parentah ingkang têtêp. Wontênipun tatanan militèr botên ewah. Ing bab pambangunipun wadyabala kabangsan (kuomintchun) rêndhêt tumindakipun, jalaran wontênipun prajurit-prajurit têbih dunungipun, lampahan dharat 1500 km.

Tiongkok saha Sopyèt.

Syanghai, 1 Mèi (Spec. Bat. Nieuwsblad). Utusan Tiongkok kanthi tuntunanipun Ho Teh Hui, inggih punika wêwakil 5, sèkrêtaris saha juru basa 15, sampun pangkat saking Arbin dhatêng Mosko. Wontên konpêrènsi Tiongkok-Sopyèt badhe kabikak benjing tanggal 15 Mèi punika pangandikanipun margi sêpur ing Mansuriah saha prakawis sanèsipun ingkang gêgayutan kalihan bab wau. Kawartosakên, utusan Tiongkok badhe suka usul, Tiongkok badhe numbas andhil-andhil margi sêpur gadhahanipun Sopyèt supados botên tuwuh darêdah malih. Gêgayutan kalihan pulitikipun Sopyèt anggènipun anjèrèng panguwaos ing tanah wetanan, dèrèng kantênan sagêdipun kalêksanan. Ing konpêrènsi wau Sopyèt badhe ngajêngakên pulihing pitêpangan dhiplomatik saha pulihing panampinipun konsul-konsul ing Tiongkok.

Tanggal 1 Mèi.

Miturut kabar kawat dhawahipun tanggal 1 Mèi punika kados ngadat ing kitha ingkang agêng-agêng ing saindênging jagad kados ta: Londhon, Sidni, Niuyorêk, Syanghai, Tokio, Mosko, Paris, Bêrlin tuwin sanès-sanèsipun, para kaum bêrah sami mahargya dintên wau sarana ngawontênakên arak-arakan tuwin sapanunggilanipun. Awit saking panjagining pulisi ing dintên wau umumipun têntrêm botên wontên kara-kara.

Eropah.

Polkênbon.

Genève, 30 April (Aneta). Liganing para kaum èstri intêrnasional tumuju dhatêng katêntrêman saha kamardikan sampun sarêmbag sumêdya nyuwun dhatêng Polkênbon tumuntên kawontênakên konpêrènsi prêlu ngrêmbag bab pandamêlipun candu saha narkotika (bangsaning candu ingkang dayanipun angêndêmi) supados kawatêsana saha wontênipun padagangan narkotika supados kaawat-awatana kanthi kêncêng.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 1972 ing: Lor alun-alun Rêmbang. Adpêrtènsi ing Kajawèn kirang saking satêngah kaca, botên katampi. Satêngah kaca rêgi f 10,50 kapacak sapisan. Nanging kêdah kontrag salêbêtipun sataun, sarta kêdah kapacak sakêdhikipun kaping 26. Bayaran kasuwun rumiyin sabên wulan.

Wragad ngintunakên buku-buku kasanggi dening Bale Pustaka, nanging ingkang mundhut tumbas kêdah ngintunakên arta rêginipun rumiyin.

Agèn nomêr 1259 ing Loji Wurung. Bayaran cocog. Adrès sampun kalêrêsakên, inggih punika: Nitipratala 1259, Nitisudibya 2421, Nitisasana 3573, Nitisaraya 581, Sastrapratala 193, Arjasuwirya 2819, mangun pratala 2416, Citrabantala 2425, Sastrasukisma 2480, lan Atmapratala 2413.

--- 582 ---

Wêwaosan

Cariyos Calonarang

Babon saking basa Kawi, kajarwakakên mawi sêkar macapat, dening Radèn Wiradat ing Surakarta.

4

[Sinom]

Dumugi nglêbêting praja / awit kang gadhah nagari / Mahaprabu Aèrlangga / sangêt runtik mring pun patik / utusan mrêjayani / mila ulun sangêt nuwun / ing sih idi paduka / iya ingsun angidini / nanging sira ngati-atia dèn yitna //

Bathari Durga wus muksa / Calonarang nêrêng mêrdi / andadi lêlara ngrêbda / panyakit ngebat-ebati / ngambah jroning nagari / gègèr gora rèh gumuruh / gumêrah wong sêsambat / kang kapatèn pating jlêrit / morat-marit larut malarat têmporat //

akèh wong lara klarahan / kongsi tan kobêr ngopèni / pating gruyuh pating brangkang / kêrangkang-rangkang anjêngking / kuru aking mêkingking / kongkah kangkèh anggêluruh / ngangkat-angkat kasrakat / karkat kinukut panyakit / kang sakarat kêrot merot mangap-mangap //

sangsara kasurang-surang / sarang sêrênging prajadi / desa pasar pakampungan / bathang buthuk amblêthêki / ting klethak balung garing / kampung-kampung akèh suwung / anjêmbrung kanyênyêtan / tan ana banèning janmi / mung swaraning asu ambaung ngumandhang //

lan dhandhang ngalup lir ngêlak / gaok-gaok êrak sêrik / lalêr bêngkowang byang-byungan / walang kècèk kinjêng tangis / akèh swara ngêkêsi / solahing wong tambuh-tambuh / tambah tikbra timbrungan / kalambrangan sami ngili / ngêmban anak ngindhit anak nyunggi bantal //

wong akèh kongkah kangkehan / setan nyuwara mambêngi / e e aja padha lunga / desamu iki wis bêcik / balia aja wêdi / wis ora ana pagêblug / akèh swaraning setan / kubandha yaksa picaci / ciya-ciya ambadhog bangke mawijah //

wêg sirsa mangsah ngrubeda / marang wong kang nandhang sakit / blêbêng mlêbu marang wisma / maisa wadana ugi / milu manjing ing panti / mêtu tutup keyong wuwung / anjog ing patilaman / sarwi muwus briga-brigi / mundhut sajèn gêtih mêntah daging mêntah //

ya ta têtêluh katêlah / kang tulah tumali-tali / têtela katula-tula / tinulak tan bisa bali / ngênês wong sanagari / anggrêsah susah syuh rêmpu / punggawa narapraja / putêg kapêtêg kêpati / panggagate pêgat truh kantrak katrêsan //

[Mêgatruh]

ya ta wau Sri Erlangga Sang Aprabu / sangêt singkêling panggalih / saking ngrêbdaning pagêblug / datan kêna dèn sayuti / sri narendra lajêng miyos //

sinewaka pêpak wadya punggawa gung / sang nata mèngêt ing galih / tuwuhing lêlara iku / saking môntra bôngsa batin / yêkti tan kêna ginroboh //

yèn kinarsa dudu aduning pamanduk / mila sang prabu nimbali / sakèhe kang para wiku / ingkang wus sami mumpuni / ambontos ing batos totos //

cipta wêning wênang wanuh lan dewa gung / mangkana kang para yogi / sampun sowan angalumpuk / lajêng kinèn marang candhi / nênuwuna ing Hyang Manon //

mamrih ruwat rêruwêd kang mawèh riwut / ngrawat prajarja basuki / anyirnakakên pagêblug / para wiku yogi sami / gya mangsah sêmadi maos //

kundha agêng kumêndhêng kukusing ratus / sami dhatila kayu sri / candhana usêr lan guru / grêta tuwin menyak wangi / dèn obong wus murup marong //

katarima yogane kang para wiku / Hyang Catur Buja nêdhaki / jumênêng nginggiling latu / aparing sasmita wangsit / ngandika alon tumlawong //

ingkang bisa ngilangi pagêblug iku / pandhita ing Lêmahtulis / Êmpu Baradhah linuhung / ampuh jêjapane mandi / luhur ngèlmune wus katog //

bisa ngrêksa praja ngrêsiki rêrusuh / Sang Hyang Guru wusnya mangsit / nulya muksa ngamun-amun / pra wiku mudhar sêmadi / laju matur mring sang katong //

dhawuhipun Hyang Maha Bathara Guru / kang sagêd munah pagêring / mung Baradhah sang awiku / kang asrama Lêmahtulis / lan sagêd ngrêksa kaprabon //

tan darana sang nata lajêng angutus / marang Kandhuruhan aglis / ngaturi sang maha wiku / Êmpu Baradhah sang yogi / kinon munah lêlarandon //

Kandhuruhan nêmbah sujud gya lumaku / sapanêkare umiring / wahana kuda gumrubyug / lumampah raina wêngi / ginêlak nyongklang anjojog //

têkèng paregolan Lêmahtulis mudhun / kuda mire dèn cancangi / lajêng mlêbêt mundhuk-mundhuk / wus cundhuk lawan sang yogi / cundakendra angalap sor //

sang pandhita nambrama wacana arum / tigas kawuryan priyayi / sasana ngêndi ing pungkur / paran kang sinêdyèng kapti / jumujug kene ing dhepok //

lawan sapa asmane anak mas bagus / andhêku sang sinabdèng sih / matur: Kandhuruhan ulun / sowan kawula tinuding / putra paduka sang katong //

angaturi paduka sang maha wiku / dhatêng nagari Kadhiri / murih nênumbali têluh / tulaking tulah pagêring / kang ngrêbda sangêt angradon //

saking pokalipun randhèng Girah dhusun / Calonarang muring-muring / anakipun èstri bubruk / sêbêl botên pajêng laki / môngka ayu moblong-moblong //

nama Rêtna Manggali parawan wudhu / punika kang anjalari / mungkaripun tukang têluh / sang pandhita angling aris / o o dadine mêngkono //

Kandhuruhan matura marang sang prabu / ingsun ya saguh numbali / lêlara wis mêsthi larut / nanging iku Si Manggali / kudu digolèkke bojo //

kene ana êmpu Bahula muridku / iku kon ngrabèni dhisik / ubarampening panêmbung / sasrahan tukon lan said / saprantine wong jêjodhon //

sri narendra maringana ingkang cukup / Bahula iridên nuli / sowana ing sang aprabu / Kandhuruhan nyandikani / gya kinon ngaso mring pondhok // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 38, 11 Bêsar Taun Ehe 1860, 10 Mèi 1930, Taun V

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [583] ---

Ôngka 38, 11 Bêsar Taun Ehe 1860, 10 Mèi 1930, Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Tanahabang

[Grafik]

Gambar nginggil punika margi agêng ing Tanahabang kitha Wèltêprèdhên.

--- 584 ---

Bab Ringgit

Bathara Guru

Sambêtipun Kajawèn ôngka 37.

Sang Hyang Guru anggarwa Dèwi Uma, inggih Umayi (ing bab Dèwi Uma badhe kacariyos ing wingking). Pêputra Bathara Sambu, Bathara Brama, Bathara Endra, Bathara Bayu, lajêng pêputra malih Sang Hyang Wisnu.

Sasampunipun pêputra gangsal, Sang Hyang Guru lajêng têbih dhatêng garwa.

Nuju ing wanci sontên, ing langit kêtingal padhang rêsik, Sang Hyang Guru midêr-midêr kalihan garwa Dèwi Uma, nitih Lêmbu Andini, midêr-midêr ing gêgana. Nalika lampahing Lêmbu Andini dumugi sanginggiling sagantên saêlèr tanah Jawi, amarêngi nuju wanci candhikala, sulaking pêpadhang awarni jêne maradini jagad, katingal kados parada binabar. Ing ngriku Sang Hyang Guru kacaryan ing galih nguningani sêsawangan ingkang gumêlar ing jagad, saha ing sanalika ngriku kêtuwuhan cipta angkara lan garwa. Dèwi Uma botên kasamaran dhatêng ciptaning kakung, satêmah katingal sêmu rêngu ing galih, awit botên pantês, ingatasing dewa sêsêmbahanipun tiyang sajagad, kagungan cipta angkara tuwuh wontên ing purug, wusana atur pêpèngêt. Nanging Hyang Guru botên surud mungkaring galih, malah saya duka, garwa dipun candhak badhe dipun wasesa, nanging sang dèwi angoncati. Sang Hyang Guru piduwung ing galih, wusana lilih dukanipun. Salilihing duka, tuwuh wontên kaelokan, ing sagantên toyanipun mawalikan kados kinêbur. Sang Hyang Guru inggih sampun mangrêtos, bilih kaelokan wau kadadosan saking tumusaning panggalihipun angkara Sang Hyang Guru piyambak.

Nanging Dèwi Uma ugi taksih sêrêng ing galih saha matur: Dhuh pangeran guru laki kawula, dene nganyar-anyari, kagungan panggalih kados ambêking danawa. Ing sanalika punika Sang Hyang Jagatnata lajêng kagungan siyung kados danawa, labêt kenging upatanipun Dèwi Uma, saha lajêng ajêjuluk Sang Hyang Raddhuwakdha, kabêkta saking anggènipun asiyung.

Sang Hyang Guru sakalangkung kagèt ing galih saha nglênggêr anjêtung, ing batos rumaos lingsêm sangêt. Wusana lajêng kondur dhatêng kahyangan. Dene kaelokan ingkang pinanggih ing sagantên, lajêng awarni yaksa langkung agêng, saha dipun akên putra ing Hyang Guru, pinaringan nama Kala.

Sayêktosipun Sang Hyang Guru ing galih dèrèng marêm, sakonduripun dhatêng kahyangan, tuwuh dukanipun dhatêng pramèswari Dèwi Uma, jalaran tansah angèngêti anggènipun asêsiyung, saha kagungan putra warni danawa.

Sarêng Hyang Guru pinanggih ingkang garwa, lajêng kasêndhal ukêlipun, remanipun areyab-reyab, sampeyan dipun candhak kasungsang. Sang Dèwi sangêt anggènipun asêsambat, saha nyuwun ngapuntên. Nanging Sang Hyang Jagatnata saking sangêting duka ngantos botên kagungan wêlas dhatêng garwa, malah kawiyos pangandikanipun: [p...]

--- 585 ---

[...angandikanipun:] He Uma sira iku kêna sibênut musthikaning ayu, nanging rambutira reyab-reyab, pangêrikira kaya rasêksi. Ing sanalika ngriku Dèwi Uma kados kenging upata, lajêng santun sipat warni danawa èstri, lajêng dipun culakên.

Sang Hyang Jagatnata sarêng uninga ingkang garwa nêmahi kados makatên, sakalangkung wêlas ing galih, lajêng ngandika: Wis Uma, sira aja susah, narimaa bae, kang salin rupa rasêksi mung wadhagira bae, alusira iya isih dadi garwaningsun, dene wadhagira, pinasthi dadi jodhone Kala.

Ing ngriku Sang Hyang Guru langkung putêk ing galih, lajêng anyipta dhatêng Dèwi Laksmi, putranipun Hyang Caturkanaka, ugi lajêng kasambadan dumugi ing ngarsanipun. Dèwi Laksmi lajêng titis-tinitisan kalihan Dèwi Uma, alusipun Dèwi Laksmi pindhah dhatêng Dèwi Uma, alusipun Dèwi Uma pindhah dhatêng Dèwi Laksmi, Dèwi Uma lajêng kaparingan nama Bathari Durga, dene namanipun Uma kaparingakên dhatêng Dèwi Laksmi. Sasampunipun makatên, Bathari Durga lajêng kadhawuhan nusul dhatêng panggenan dunungipun Kala ing Nusakambangan.

Kawruh Sawatawis

Kalangkunganipun Satunggal-satunggaling Tiyang

Sampun dados kalimrahan, satunggal-satunggaling nagari punika têtiyangipun sami gadhah kalangkungan piyambak-piyambak ingatasing kagunan tuwin among dagang, tumrap Surakarta, Ngayogyakarta tuwin Pakalongan, têtiyangipun misuwur anggènipun dêdagangan sinjang, têtiyang Kudus sade sês krètèg, têtiyang Rêmbang misuwur kagunanipun kêmasa, Jêpara: ukir-ukiran. Sadaya wau kenging kagrêba ingatasing padagangan agêng.

Wontên malih ingatasing pakaryan alit, nanging sumrambah sangêt, ugi kêgolong adamêl misuwuring bangsanipun, kados ta tiyang Batawi misuwur manawi dados kusir, nanging bab wau tumrapipun ing jaman sapunika sampun botên patos katingal, awit sampun kêsuk sarêng wontên oto. Têtiyang Madura misuwur dados tukang cukur, punika sumrambahipun ugi dumugi pundi-pundi. Têtiyang Surabaya dados bêbau kapal, punika katingal, mèh sabên kapal ingkang gêgayutan kalihan pulo Jawi sami ngangge bêbau tiyang Surabaya, kados ta tukang bêsmi, mantrus, jongos tuwin sanès-sanèsipun. Têtiyang Bagêlèn misuwur anggènipun andon nyambut damêl wontên sanès nagari, punika sagêd nitik dhatêng kawontênanipun ing kantor-kantor, awis sangêt ingkang botên wontên punggawanipun tiyang Bagêlèn, tur ingkang dados golongan katingal: kathah, ingkang golongan alit ngêmbrah.

Para maos sampun kalintu tampi, dupèh tiyang Madura, drajatipun namung dados tukang cukur, kajêngipun [kajêng...]

--- 586 ---

[...ipun] botên makatên, namung mêndhêt kalimrahan ingkang kasumêrêpan ing akathah.

Dene mênggah wigatosing karangan punika, prêlu nyariyosakên kalangkunganipun satunggal-satunggaling tiyang ing nagari wau, awit ugi wontên patrap utawi antêp ingkang pantês dipun tulad ing golongan sanès, upaminipun bab kaprigêlanipun tiyang sêsadean, punika mikantuki agêng sangêt ingatasipun tiyang ngudi majênging padagangan upaminipun bakul sinjang, luwêsipun anggènipun tawi, sagêd nênarik manahipun tiyang ingkang badhe tumbas. Kaprigêlaning tiyang lêlados, adamêl rêsêpipun ingkang dipun ladosi. Makatên sapanunggilanipun.

[Grafik]

Kados para maos sampun kêrêp mrangguli tiyang Bagêlèn tukang sade jampi bangsaning oyod-oyodan, kewan-kewan sagantên, tuwin balung-balungan sapanunggilanipun. Mênggah kaprigêlaning têtawi dêdaganganipun, sagêd anênarik manah. Ing pangraos botên wontên sêsakit ingkang botên kenging dipun jampèni sarana dêdaganganipun jampi. Saking sagêdipun anggèning têtawi, sabên nuju dhasar ngantos dipun rubung ing tiyang kathah, dene ingkang sade tanpa kêndhat tansah nawèkakên dêdaganganipun, mawi ngandharakên cêcariyosan ingkang anèh-anèh, wontên ingkang mungêl makatên: [maka...]

--- 587 ---

[...tên:] Na, punika namanipun undhuk ayam, manawi dipun rimat tiyang ngingah ayam, ayamipun rêdèn, kalis ing ama. Manawi wontên ayam kêsit, sagêd tutut. Na, punika namanipun undhuk kapal, tiyang ingkang ngandhut punika, dipun suyudi ing kapal. Kapal bandhol sagêd tutut, prêlu sangêt dados kêkandhutanipun para panêgar. Saya malih tumraping sêsakit, jampinipun anggawil kemawon. Upaminipun wontên tiyang pitakèn: napa sade jampi ngêrês linu, wangsulanipun: na, punika jampinipun, sakit balung, encok, ngêrês linu, pêgêl, ngêlu. Tanggêl têmtu saras. Jalaran saking sagêdipun têtawi wau, tiyang kêtarik lajêng tumbas.

Mênggah sayêktosipun, tumrap tiyang dagang botên wontên awonipun angalêmbana dagangan ngantos langkung saking mêsthi, nanging ugi wontên awonipun manawi pangalêmipun atêgês apus, mila ingkang prayogi upami jampi kapêndhêt ingkang sampun umum kemawon, kados ta ngêlêm saening dayanipun têmulawak. Beda kalihan nyariyosakên kalangkunganing barang ingkang elok, upaminipun undhuk kapal, punika katariking manahipun tiyang, namung jalaran saking eloking wujud, awit undhuk kapal wau warninipun inggih angèmpêri kapal, môngka golongan kewan ing sagantên, tamtu kemawon tumrap tiyang ingkang botên mangrêtos inggih gumun sangêt.

Dene mênggah nyatanipun undhuk kapal punika lêrês kewan sagantên, wujudipun kados ing gambar, gêsangipun inggih limrah kados kewan sanès-sanèsipun, sami ajêjodhoan, nanging wontên anèhipun sakêdhik, ingkang ngandhut tigan kewan ingkang jalêr, inggih punika ingkang wêtêngipun agêng, mriksanana gambar kewan ingkang ngandhap.

Dados wêwarnèn ingkang limrahipun dipun anggêp elok wau, namung nama kewan limrah kemawon, wontênipun nganggêp anèh, saking dèrèng sumêrêp.

Wosipun karangan punika namung nyariyosakên ing bab kalangkunganipun tiyang ing satunggal-satunggalipun nagari, ing salêbêtipun tanah Jawi.

Kawontênan ing Dhigul

Para maos tamtunipun tansah kèngêtan dhatêng têtêmbungan Dhigul, saya malih tumrap ingkang gêgayutan kulawarga ingkang wontên ing nagari enggal wau, tamtu tansah gawang-gawangan anggambarakên wontên ing pangraos. Saupami kalaira, gadhah pitakenan, kadospundi kawontênanipun ing ngrika.

Mênggah kawontênanipun ing Dhigul wau, sampun kêrêp kawrat wontên ing sêrat-sêrat kabar, dene manawi nitik dhatêng pêpetanganing taun, sawêg laminipun [lamini...]

--- 588 ---

[...pun] kemawon, sampun sagêd ngawontênakên pangintên, bilih rungguting wana, ing sapunika sampun padhang, bêbadranipun ing sapunika sampun awangun kitha.

[Grafik]

Awon saening siti, kamirênganipun wontên ing pawartos warni-warni, wontên ingkang dipun wartosakên awon, wontên ingkang dipun wartosakên sae. Sadaya wau taksih dados pitakenan ing dalêm batos.

Dene nyatanipun, para maos sagêd anggalih piyambak, saawon-awonaning siti, manawi dipun upakara kanthi kawruh tuwin pamardi, inggih tamtu nuwuhakên piwalês, ingkang sumbut kalihan kangelanipun. Tôndha yêktinipun, gambar ingkang kapacak ing karangan punika, ingkang sisih têngên, gambaripun Tuwan Simun sarimbit kalihan putra, ing ngriku ngêtingalakên asiling siti ingkang dipun upakara, tela gantung agêng-agêngipun sakêndhil-kêndhil, labu sabayi longgor, waloh saklênthing-klênthing. Punika anandhakakên bilih sitinipun amikantuki. Dene tiyang ingkang rasukanipun lorèk, punika tiyang ing ngriku, dipun wastani bôngsa Kaya-kaya, ingkang sampun dipun cêcumbu.

Gambar ingkang sisih kiwa, punika gambaripun têtiyang asli saking Sumatra tuwin Borneo, wontênipun ing Dhigul sami dados juru misaya ulam lèpèn, awit pancèn sami kulina dhatêng pakaryan makatên wau. Dene angsal-angsalanipun ulam, para maos sagêd ngintên piyambak, miturut wujud ing gambar, botên elok manawi dipun wastani agêngipun satiyang-tiyang.

Mirid pawartos ing nginggil punika, para maos lajêng sagêd anggalih dhatêng kawontênanipun ing Dhigul, têtela bilih ing ngrika punika pasitènipun inggih loh, pamisayan ulam inggih botên kirang, awit ing ngriku cêlak lèpèn agêng ingkang taksih awis dipun ambah ing tiyang.

Makatên ugi tumrap kawontênaning kabêtahan balegriya, kasarasan, katêntrêman, pangajaran, ugi sampun sami wontên.

--- 589 ---

Jagading Wanita

Têngkuwèh Jêram

Lumayan kangge imbêt-imbêt nyamikan.

Ing sadèrèngipun kula nyariyosakên pandamêlipun, bokmanawi panjênêngan sadaya sampun pirsa mênggah ingkang dipun wastani têngkuwèh wau. Limrahipun, têngkuwèh punika ingkang kadamêl baligo, raosipun eca.

Kajawi têngkuwèh ingkang kasêbut wau, wontên têngkuwèh malih, ingkang kadamêl taboling (kuliting) jêram, ananging botên sadhengah jêram ingkang kenging kadamêl têngkuwèh wau, kêdah milih jêram ingkang dipun wastani jêram gandhul. Mênggahing wujud sarta agêngipun sampun plêk kadosdene gandhul (tela gantung), namung wit saha ambêtipun ingkang beda. Dene kandêling taboling jêram wau ngantos 5 utawi 6 sèntimètêr.

Pandamêlipun: mundhuta jêram gandhul satunggal ingkang sampun sêpuh, nuntên dipun oncèki kulitipun ingkang ijêm, sampun kêkandêlên. Sasampunipun rêsik, nuntên kasigar, kabucalana isinipun. Sasampunipun makatên lajêng kairis-iris watawis sadriji-driji agêngipun. Manawi sampun rampung nuntên kaêkum ing toya ênjêt, dangunipun sadalu, sasampunipun makatên lajêng kakumbah ngangge toya wantah ingkang ngantos rêsik. Manawi sampun rêsik pangumbahipun, lajêng kagodhog mawi toya tawas ngantos umob. Sasampunipun makatên lajêng kasuntak ing kalo, prêlunipun supados tuntas. Ing sadangunipun irisan wau katuntasakên, anggodhoga toya gêndhis ingkang cuwèr kemawon. Sasampunipun irisan wau tuntas, lajêng kacêmplungna ing toya gêndhis wau, sarta lajêng têrus kagodhog, ngantos toya gêndhis wau malih dados litrêk-litrêk. Manawi sampun makatên, panggodhogipun lajêng dipun kèndêli, nuntên kaêntas sarta kaasrêpakên. Manawi sampun asrêp, nuntên kapêndhêtana satunggal-satunggal sarta katataa ing tampah ingkang kalemekan ing dlancang. Manawi sampun rampung panatanipun, lajêng dipun pe ngantos sagaringipun. Manawi sampun garing iris-irisan wau katingal bêning menginakên. Nuntên kawadhahan ing lodhong katutupa ingkang rapêt. Dene manawi katêdha raosipun eca, botên wulêd botên barang, ambêting jêram inggih ical.

Wusana ingkang minôngka panutuping karangan ing nginggil wau, mugi panjênênganipun ingkang sami kagungan wit jêram kados ingkang kasêbut ing nginggil, karsaa sami anyobi.

Pawiramiharja, guru bantu Kêrtêk.

--- 590 ---

[Grafik]

Sanadyan gambar ing nginggil punika tanpa katrangan, kados para maos sampun sagêd ngarang piyambak mênggahing kajêngipun.

--- 591 ---

Waosan Lare

Kapatèn Obor

IV. Pamujining wong tuwa mênyang anak.

[Kinanthi]

saungkure Jaka Subur / embokne bangêt prihatin / ora kêndhat mung anggagas / lakune anake kuwi / aja nemu sambekala / muga nemonana bêcik //

wis ngono watêking biyung / mênyang anak mung mêmuji / cilik mula mung dikudang / anake bisaa bêcik / jangkane tansah dijangkah / têmbe bisaa nemoni //

saya mungguh nyai dhukun / wis warôndha bangêt miskin / ora sanak ora kadang / uripe mêmêlas asih / yèn tumrape mênyang anak / bisane mung urun puji //

dadi ora wur ya sêmbur / bokmanawa anumusi / nadyan biyèn ora ngudang / anake dadi priyayi / nanging barêng anyuwita / iya tansah amêmuji //

uripe bok rôndha mau / ketok anggone prihatin / bangêt ngêngurangi mangan / lan turune mung disambi / nanging mênyang pagawean / têtêp tansah bênêr bêcik //

gone kurang mangan mau / niyat arêp anggêmèni / saka arêp urun anak / diênggo sêsangu ngabdi / yèn ta carane wong lumrah / iya digawe mragadi //

awit wong ngawula iku / ora beda nandur pari / bisane olèh barêkah / saka amragadi dhisik / yèn lêstari tanpa sabab / enake katêmu buri //

dene gone kurang turu / ora êmung nêdya arip / prêlu go sambèn gawean / anam-anam klasa cêthing / olèhe bisa lumayan / nadyan mung saka sathithik //

yèn ing wayah bêngi nglêmbur / ana ngomah gêlik-gêlik / sêpi ora ana swara / mung kala-kala idu crit / idu ênggone anginang / mung sok krungu watuk lirih //

anggone anglêmbur mau / nganti têkan têngah wêngi / nuli lèrèn lan anggagas / kang rasane kaya muji / batine yèn kêwêtua / kaya muni ngene iki //

o alah muga anakku / katampana gone ngabdi / tak rewangi kurang mangan / kurang turu sabên bêngi / muga bisa kasêmbadan / kêcêdhak karo priyayi //

anakku mung siji Subur / dadi anake wong miskin / andèkna duwe panjôngka / kapengin dadi priyayi / pujiku mung muga-muga / sasêdyane anêmoni //

muga anakku Si Subur / têtêp pinaringan eling / didohna sabarang godha / sabar mulura ing ati / cêdhaka lan kuwarasan / muga larane ngêdohi //

yèn anggagas ngono mau / sok têkan ing lingsir wêngi / banjur turu sawêtara / wis kêsundhul kluruk pitik / bang-bang ing wetan katara / nyai rôndha nuli tangi //

adus mênyang sumur byar-byur / ngilangake lungkrah arip / otot balung [ba...]

--- 592 ---

[...lung] dadi kuwat / nuli tata-tata mranti / gêgawane mênyang pasar / wayah awan lagi mulih //

patrap sing mangkono mau / nganti tôngga sok ngruh-ruhi / nyai tiyang êmpun tuwa / ampun bangêt-bangêt mrêdi / têng karusakaning awak / bok gih malah dimi-êmi //

bok rôndha alon angguyu / karo amangsuli manis / o iya mungguh wong tuwa / ora kok niyat nglakoni / mung sabab saka kêgawa / awake wis ora bêcik //

turu ora bisa tutug / mangan lêgi asin gurih / rasane kabèh wis kurang / ora pisan makolèhi / beda bangêt karo bocah / samubarang dadi daging //

ana tanggane sing wêruh / ing bok rôndha dhukun kuwi / saka mrihatini anak / gone arêp dadi pyayi / uwong mau bangêt ewa / sok kêwêtu gawe sêrik //

bok narimah ênggih êmpun / anak kuli dados kuli / sanadyan dijôngka-jôngka / mundhak tiwas mati garing / mokal yèn kalampahana / Subur sagêd dados pyayi //

aluwung pondhonga pikul / uwohe nuntên kêpêthik / botên ngrêrisak wong tuwa / kèn ngrencangi panas pêrih / tiwas-tiwas mung rêkasa / tuna ngrika tuna ngriki //

uwong sing calathu mau / tôngga nanging rada sugih / mula duwe watêk ngina / mênyang wong sing nandhang miskin / ananging mungguh bok rôndha / babarpisan ora mikir //

sanadyan ing lathi nylêkut / ananging ora kalair / mung mangsuli karo bungah / o gih nak kula mung drêmi / anjurungi karêp bocah / buri kula botên ngrêti //

rêrasan kang ngono mau / bok rôndha kêrêp mrangguli / sabên-sabên mung diina / ketok bangêt diewani / dadi mungguhing bok rôndha / tansah anduduk prihatin //

[Grafik]

Ing sisih punika gambaripun Sang Mahatma Gandi (ing têngah), sawênèhipun panuntun bôngsa Indhu ingkang misuwur ing jagad, nalika nuju sêsorah wontên sangajênging para sêtudhèn satunggiling universiteit.

--- 593 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Kasênêngan Wontên ing Batawi

Garèng: Wis, Truk, saiki caritakna anggonmu lêlayaran, kuwi kancamu sapa, munggahe ana ing ngêndi, lan nunggang apa.

Petruk: Yah, Rèng, sanadyan pitakon pisan, nèk diborong kuwi iya angèle arêp mangsuli, lagi rabi bae, nèk jênêng borongan, iya rêkasa le nglakoni, kaya ta: ngalap bakyune, adhine, maratuwane pisan, mara, apa kiyi ora sêtêngah mati sing nglakoni.

[Grafik]

Garèng: We, hla wong sêmbrana, omongane têka banjur ngrusak agama mêngkono. Iya wis, pitakonku tak gawene urut kayadene lênggahe dara-dara priyayi kang ladi jagong, awit saka sing lênggah nyang ngisor talang tumêkane sing lênggah nyang èmpèr jaba pisan. Pitakonku kang kapisan, mungguh kancamu lêlayaran kuwi sapa bae.

Petruk: Kajaba kônca-kônca kantor lan priyayi iya sawêtara, gunggung cacahe 50, iya ana manèh sing cacahe êmbuh aku ora wêruh, yaiku: lêmpêr, buras salawuhane, lompyah, jêruk kêprok, gêdhang, limun, banyu Lônda, banyu sumur ...

Garèng: Lo, lo, kok banjur ngrêmbug untal-untalan. Pitakonku kuwi kônca uwong, dudu lèkêr-lèkêran.

Petruk: Nèk rumasaku kuwi malah kônca sing prêlu bangêt, apa manèh saikine aku kiyi lagi brai ... mangan, bisaa mono nyang kantor aku kiyi rak arêp kalung ... cêthing.

Garèng: We, saya andlodog. Pitakonku kang kapindho: wong cacahe 50 mau banjur nunggang apa, apa nunggang prau jungkung, apa nunggang gèthèk.

Petruk: Nèk saka pangèstumu wong 50 mau, isih padha sênêng nyang makan bubur phanas-phanas, durung kêpengin arêp ngêndhat. La apa mèmpêr, ana pyayi-pyayi kathik dipadhakake sadulur-sadulur tukang mancing bae, dikon nunggang prau jungkung utawa gèthêk wis mêsthi bae tunggangane iya motor but, yaiku prau sing dilakokke sarana motor. Siji-dijine motor but, bisa isi wong sêlawe.

--- 594 ---

Garèng: Dadi wong sèkêt mau, iya nunggang motor but loro, wèh ya sênêng bangêt ane. Saiki pitakonku kang ôngka têlu: munggahe wong-wong sèkêt kuwi ana ing ngêndi.

Petruk: Rong dina sadurunge arêp padha lêlayaran, kabèh sing arêp padha melu, wis padha dijangji, jam sêtêngah wolu thèng kudu wis padha ngumpul ana ing pasar ikan. Sarta sing durung têka ing jam kang wus ditêmtokake mau, kêna mplongo, têgêse: mêsthi ditinggal.

Garèng: Mêngko sik, Truk, sarèh, sarèh, ing sarèhning aku kiyi durung pati anjajah ana ing Batawi, caritakna dhisik mungguh sing diarani pasar ikan kuwi, apa ya kaya pasar-pasar lumrah kae, yaiku papan pakumpulane para bakul-bakul, mung kacèke dodolane para bakul ing kono, dudu jarit, balapêcah, janganan, sêga gudhêg, nagasari, mêniran, mêndut, srabi inggris, nanging sarupaning iwak banyu, kaya ta: bandêng, tongkol, gramèh, wêlut, lele.

Petruk: Wiyah, wêlut lele kuwi rak wêton sawah utawa kali, balik sing didoli kono kuwi rak iwak wêton sagara. Mungguh sing diarani pasar ikan, kuwi sabenere palabuhan cilik, papan pakumpulane tukang misaya iwak, sing mentas padha têka saka anggone apèk iwak ana ing sagara, la, nang kono iwak-iwak olèh-olèhane padha didoli.

Garèng: Mêngko sik, Truk, jamane saiki kiyi wong jaman dhuwit, arêp apa bae kudu ambuwang dhuwit dhisik, sanadyan bakul sega, sing olèh-olèhane ora luwih saka sêtêngah rupiyah sadinane, kuwi nèk arêp dhasar nyang pasar iya kudu sêdhêkah sêbenggol tumêkane limang sèn. La, saiki mungguhe tukang-tukang misaya iwak mau, dodol dêdagangane iwak ana ing pasar ikan kono, apa iya ora diwajibake dikon sêdhêkah nyang sing baurêksa kono.

Petruk: Mêngko dhisik Rèng, rungokna tak caritani, kowe rak wêruh dhewe rêkasane wong golèk iwak nyang sêgara kuwi, ora ngêmungake toh nyawa bae, nanging lakune tansah manut kahanane masa, udan, angin, lan sapiturute, mulane yèn wis têka ing dharatan, ya ora bisa yèn banjur kudu ngidêr-idêrake iwake nyang ngêndi-êndi, têmtune iya wis kêsayahên, kang iku kudu dianani papan kanggo andhasarake olèh-olèhane iwak mau. Dene sing nganani ing bab iki wiwit wulan Oktobêr 1926 yaiku gemintê Batawi.

Garèng: Wèh, gêminte kuwi pancèn tak alêm awas têmênan, kok ora beda karo bangsaning gagak utawa kalong, kuwi iya banjur wêruh bae ngêndi panggonan sing ana pangan. Mara, kayadene pasar ikan, kuwi rak gênah bangêt, yèn dhuwite tansah mili, banjur: rêkiyêk, geminte sing nganani.

Petruk: Kowe aja guru-guru ngala-ala gêmintê, amrih gamblange tak caritani sawatara babade pasar ikan, ya iku mangkene: tumêkane sasi Oktobêr 1926, lawase kurang luwih 40 taun, sing ngadani pasar ikan, kongsi bôngsa [bông...]

--- 595 ---

[...sa] Tionghwa cacahe têlung iji, jarene anggone migunakake dhuwite nyang kono kurang luwih f 200.000. Sing amborong iwak olèh-olèhane tukang-tukang golèk iwak, iya kongsi têlu mau, lan iya kongsi têlu iki sing banjur ngêdol iwake nyang liya-liya panggonan. Sapira bathine kongsi mau, kowe têmtune bisa ngira-ira dhewe. Kosok-baline, sapira olèh-olèhane tukang-tukang golèk iwak, hla, kuwi kowe nèk wêruh sida klêngêr, awit olèh-olèhane ora timbang sanyumlik-nyumlika karo kangelane. Apa manèh yèn kowe nyumêrêpi carane anggone amborong iwak-iwak mau, kuwi sarana dilelang. Dene lelange nyara jaman jamakjuja, rêgane barang ora saya munggah, nanging malah saya mêngkêrêt. Dadi nek tukang lelang duwe niyat arêp matèni tukang iwak mau, ya gampang bangêt. Kaya ta upamane mangkene: satumpukan iwak kakap ambêjajine rêga f 5, tukang lelang ujug-ujug angregani f 3, nèk durung ana sing gêlêm nuku, rêgane ya banjur diêdhun-êdhunake nganti ana sing gêlêm tuku. Dadi sing sanyatane rêga f 5 kuwi pungkasane bisa uga mung payu f 2- utawa kurang.

Garèng: We, hla, iya cilaka kêras têmênan, ana wong diopèli têka nganti brutu-brutune pisan.

Petruk: Iki durung, Rèng kajaba kaya sing wis dak kandhakake mau, isih ana manèh buntute. Ya iku mangkene: akèh-akèhe tukang golèk iwak, padha anjupuk porsêkot marang kongsi-kongsi kasbut ing ngarêp. Ing môngka ing kono ana pranatan: sapa sing utang, kudu ambayar kanggo waragade le nglelangake 25% saka pepayone.

Garèng: We, hla, saya brindhil, mengko sik, Truk, aku tak ora nglairake panêmuku dhisik, supaya aku bisa nimbang kanthi ati suci, caritakna sik kahanane barêng dianani ing gêminte.

Petruk: Iya Rèng, nanging ing sarèhning wêtêngku wis rada kruwak-kruwuk, liya dina bae tak dongèngake nyang kowe sing nganti gamblang.

Laku

Laku bênêr, tansah antêr nora gêtêr.

Laku salah, anyênyêgah ati bungah

Laku luput, yèn kêbacut dadi puput.

Laku jujur, tansah mulur kaya kênur.

Laku nylèwèng, kêna cènèng bôngsa aèng.

Laku ala, karya ewa, nyuda rêga.

Laku ngiwa, tan sapira, nuntun siya.

Laku sèdhèng, sugih mèngèng, nora aèng.

Laku kliru, kang tinêmu nalar dudu.

Laku sandi, tansah niti ing pakarti.

Laku êdur, tansah mungkur barang jujur.

Laku juti, kongsi mati tanpa aji.

Laku dleya, barang sêja arang têka.

Karsana.

--- 596 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah

I.S.D.P. saha P.S.I.

Kala dinten Ngahad ingkang kapêngkêr Indische Sociaal Democratische Partij pang Bêtawi minôngka mahargya dhawahipun tanggal 1 Mèi sampun ngawontênakên parêpatan umum manggèn ing gêdhung pêrmupakatan ing Gang Kênari. Ingkang dhatêng watawis wontên tiyang gangsal atusan, ingkang mêdhar sabda inggih punika Tuwan H.J. de Dreu warga rad kawula saha Tuwan Asik Natanêgara. Wosing rêmbag ngajêngakên kamardikaning pakêmpalan tuwin parêpatan, pambirating punalêsangsi saha èrêndhinês, icaling papan pambucalan ing Dhigul nginggil miwah icaling sanjata tumrap saindênging jagad tumuju dhatêng katêntrêman umum.

Sabibaring parêpatanipun I.S.D.P. lajêng gêntos P.S.I. ambikak parêpatanipun ngrêmbag bab mosinipun P.S.I. prakawis èrêndhinês. Ingkang mêdhar sabda Tuwan Cakraaminata. Kêkêncênganing parêpatan badhe ambudidaya icaling èrêndhinês ing tanah sabrang saha tanah-tanah partikêlir ing tanah Jawi ingkang têtela kirang sae kawontênanipun. Bab punika ugi badhe kalajêngaken dhatêng konpêrènsi pakaryan ing Genève.

Sarêng ing dintên wau ing panggenan sanès-sanèsipun ugi kawontênakên parêpatan tumuju icaling èrêndhinês, inggih punika ing Sumatra kidul (Rano, Kotabumi, Martapura, Palembang) dening Tuwan H. A. Salim, ing Sêlebês kidul, (Makasar, Pare-pare) dening Tuwan Sangaji, ing Surakarta dening Tuwan Dr. Sukiman, ing Pêkalongan saha Têgal dening Tuwan Suryapranata, ing Kraksaan dening Tuwan Wônda Sudirja, ing Pasuruan dening Tuwan Surawiyana, ing Surabaya dening Tuwan Natapuraya, ing Garut dening Tuwan Kartasuwirya, ing Ngayogya dening Tuwan Samsa Adriyawôngsa, ing Majênang dening Tuwan Rêksadiputra.

Bidhalipun Paduka Tuwan Gupernur van Sandick.

Saking Medhan, Aneta martosakên, kala dintên Ngahad punika Paduka Tuwan Gupêrnur van Sandick sampun bidal dhatêng nagari Walandi, kauntapakên dening pangagêng-pangagêng pangrèh praja, kabudidayan, padagangan tuwin sanès-sanèsipun.

Rêdi Krakatao.

Saking Pulo Panjang Aneta martosakên, rêdi Krakatao sêsampunipun kèndêl 24 dintên ing sapunika katingal ngêdalakên uwab malih, inggilipun ngantos 150 mètêr, sinarêngan udal saha sumêmproting toya saganten. Kamirêngan jêblosan kaping pintên-pintên.

Tanah-tanah Partikêlir.

Sampun katêtêpakên, ordhonansi ingkang ngêwrat katrangan badhe panumbasing tanah-tanah partikêlir Grootkamp, Makassar saha Hermendaal ing wêwêngkon Mèstêr Kornèlis tumrap prêlu umum.

Kadhigulakên.

Miturut kêkancingan ingkang kantun-kantun punika kasingkirakên dhatêng Dhigul:

1. Aji Mohamad Sanusi Manganco, umur 30 taun, tani, tilas warga saha propagandhis P.K.I, pangarsaning partè wau ing Buntah, ondêr apdhèling Luwuk, apdhèling Poso, paresidenan Mênadho, kalairakên saha wêkdal ingkang kantun-kantun punika manggèn ing Buntah.

2. Mohamad Malewo, watawis umur 27 taun, tilas guru ing pamulangan gupêrmèn tumrap lare pribumi ing Palu, apdhèling Dhonggalah, paresidènan Mênado, dagang, tilas propagandhis P.K.I. suwau ing Gorontalo, lajêng ing Petah, ondêr apdhèling luwuk, apdhèling Poso, paresidenan Mênadho, kalairakên ing Moudhu ondêr apdhèling Gorontalo, wêkdal ingkang kantun-kantun punika manggèn ing Petah.

Pos anggêgana.

Gêgayutan kalihan pranatan enggal ing bab lampahipun K.N.I.L.M. wiwit tanggal 17 Mèi punika, tumrap tiyang ing Sêmarang kaemutakên bilih wêkdal pamêndhêting sêrat-sêrat limrah saha sêrat-sêrat an-gêtèkên ingkang badhe kakintunakên mêdal pos anggêgana têtêp kados ingkang sampun-sampun. Wiwit tanggal 1 Mèi wau wontênipun lampah anggagana tumrap pos antawisipun Sêmarang - Bandhung kaicalan, sêrat-sêrat ingkang dhatêng Bandhung kakintunakên dhatêng Wèltêprèdhên, saking Wèltêprèdhên dintên punika udi lajêng têrus kakintunakên mêdal pos anggêgana dhatêng Bandhung, pangkatipun saking Wèltêprèdhên jam 4.15 sontên.

Wontênipun lampah anggêgana sabên dintên Salasa saking Wèltêprèdhên dhatêng Singgapura mêdal Palembang saha sabên dintên Kêmis saking Wèltêprèdhên dhatêng Palembang têtêp kados ingkang sampun-sampun.

Pamêndhêting sêrat-sêrat limrah saha sêrat-sêrat an-gêtèkên tumrap ing Sêmarang dhatêng Singgapura saha Palembang inggih punika sabên dintên Sênèn jam 8.40 enjing sarta sabên dintên Rêbo jam 8 enjing.

Sêrat-sêrat ingkang badhe kakintunakên dhatêng Wèltêprèdhên, pamêndhêtipun sabên dintên Rêbo jam 6.45 saha sêrat-sêrat an-gêtèkên sabên dintên Salasa jam 6 enjing, pamêndhêting sêrat-sêrat ingkang dhatêng Surabaya sabên dintên jam 9.30, tumprap sêrat-sêrat an-gêtèkên jam 9.15 kajawi ing dintên Ngahad saha dintên agêng.

--- 597 ---

Benjing malêm Ngahad tanggal 10/11 wulan punika, pakêmpalan Marsudi Bêksa ing Batawi, badhe anggêbyagakên lêlangên ringgit tiyang wontên ing Rangkasbêtung, saking ada-adanipun komite, inggih punika ingkang bupati ing Rangkasbêtung, patih, wadana, kapitan bôngsa Tionghwa, para opsihtêr irigasi, tuwin dipun bantu pakêmpalan Kridha Mardi Utama ing Rangkasbêtung. Arta angsal-angsalanipun badhe kadarmakakên dhathêng Krakatao pon, tuwin sêkolah-sêkolahan kartini lan sasaminipun.

Kala malêm Ngahad tanggal kaping 3/4 wulan punika, pakêmpalan bêksa Kridhayatmaka ing Batawi anggêbyagakên lêlangên ringgit tiyang wontên ing griya kumidhèn ugi ing Batawi, lampahanipun Kôngsa Abên-abên, kathah ingkang sami mariksani. Saking wawasanipun satunggiling tiyang ingkang ningali, amastani inggih sampun wontên saenipun, nanging manawi dipun wawas kanthi taliti, ugi taksih kathah kêkiranganipun, kados ta: bab panganggening tonil namung sawarni. Wêdalipun Prabu Basudewa mawi dipun garubyug ing lare kêkalih, ingkang dèrèng sagêt anjogèd. Kiprahipun Kôngsa kêrongèhên. Sêmar kirang lêma, Petruk dèrèng kulina. Prêmadi langkung agêng tinimbang Cakilipun. Ngicalakên ngêsing cariyos, inggih punika gandrungipun Prêmadi dhatêng Rara Irêng, awit ing ngriku lajêng dipun ringkês kemawon. Wrêkudara kirang grêgêd saut, swara kalitên. Salêbêtipun wontên ing papan pawayangan, wontên ginêm ingkang nyêbal saking mêsthinipun, ngantos kamirêngan saking papan panggenan ningali, kados ta ing bab anglêrêsakên kalintuning lampah, tuwin sanès-sanêsipun.

Ing bab kêkiranganipun wau pinuji murih sêsêpuhing Kridhayatmaka andadosi saprayoginipun.

Asiah.

Mahatma Gandi kacêpêng.

Yalalpur, 4 Mèi (Aneta-Reuter). Sang Mahatma Gandi, panuntuning ebah-ebahan mogok, kacêpêng miturut artikêl 25 anggêr-anggêr taun 1827.

Bombai, 5 Mèi (Aneta-Reuter). Sang Mahatma sampun amiji Abas Liyabyi supados anggêntosi pakaryanipun jumênêng panuntuning ebah-ebahan. Ing Bombai kawontênaken parêpatan agêng, ingkang dhatêng wontên tiyang satus èwu. Naidhu, satunggiling wanodya juru ngrumpaka ngemutakên supados sami nglajêngna anggènipun mangun yuda botên kanthi paksa. Ing Karasi wontênipun margi-margi kajagi dening prajurit saha pulisi.

Bombai 5 Mèi (Spec. Bat. Nieuwsblad). Sasampunipun Sang Mahatma kacêpêng sadaya toko-tokonipun bôngsa Indhu saha toko-tokonipun bôngsa muslimin ingkang kathah lajêng sami katutup.

Lindhu agêng ing Birmah.

Rangun 5 Mèi (Aneta-Reuter). Kitha Rangun sampun katrajang lindhu agêng, andadosakên girisipun têtiyang ing ngriku. Gêdhong-gêdhong kathah ingkang nandhang karisakan, tiyang ingkang nandhang kasangsaran langkung saking 150, ingkang pêjah wontên 40.

Nata ing Kambojah.

Kajawi nata ing Siyam sakalihan garwa, kados ingkang sampun kawartosakên ing kabar kawat, kala tanggal 28 April punika, Nata Sisowatmonipong, raja ing Kambojah sampun tindak dhatêng Saigon. Sang nata kadhèrèkakên dening ministêripun gangsal, katampi kanthi sagunging kaurmatan.

Eropah.

Kumisi Simon.

Londhon, 3 Mèi (Spec. Bat. Nieuwsblad). Wontênipun kumisi Simon salêbêtipun tigang minggu punika ugi badhe rampung anggènipun damêl palapuran. Kumisi wau sampun kabangun kala ing taun 1927, warganipun sadaya wontên 7, dipun pangarsani dening Sir John Simon, kajibah nitipriksa kawontênanipun parentah ing Indhia Inggris, suka pamrayogi ing bab ewah-ewahan ingkang prêlu katindakakên, punapadene suka wêwaton kadospundi têtimbanganipun bilih kaparêngakên madêg mandhiri. Kumisi wau sampun kaping kalih tindak nitipriksa dhatêng Inggris, sampun mawan rêmbag kalihan sarjana saha ahli-aliahli-ahli. sawatawis ing Londhon, punapadene ing Kalkutah, Bombai, Madras tuwin sanès-sanèsipun.

Wangsulan saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 3018. Sawarnining gambar ingkang cêtha, kenging dipun êwrat, sarananipun kêdah dipun klise rumiyin.

Lêngganan nomêr 3971 ing Kêrtasana. Manjungrung kenging kemawon. Ingkang angsal pituwas namung gambar.

R.r.M. Diyati. Karangan panjênêngan sampun katampan, nanging botên kapacak, kamanah kirang prêlu.

Tuwan K. ing Nganjuk. Karangan panjênêngan inggih sampun sami katampèn, nanging botên kapacak sadaya. Gambar ingkang kapacak mawi pilih-pilih, dene gambar ingkang kados panjênêngan ngandikakakên, kamanah botên sapintêna prêlunipun. Karangan bab kasarasan, ing Kajawèn sampun nyêkapi, botên kapacak.

Bab buku

Redhaksi Kajawèn sampun nampèni buku Rêrêpèn Langên Cipta 1 iji, saking Boekhandel S.M. Diwarno ing Ngayogya. Isi 16 kaca, aksara Jawi, sinawung ing sêkar macapat, rêgi f 0.20. buku wau isi rêrêpèn ing bab kawontênaning patamanan wiwit ing jaman purwa dumugi taman Sriwadari ing Surakarta.

Buku wau kasade dening ingkang ngêdalakên piyambak.

Redhaksi Kajawèn ngaturakên panuwun.

--- 598 ---

Wêwaosan

Cariyos Calonarang

Babon saking basa Kawi, kajarwakakên mawi sêkar macapat, dening Radèn Wiradat ing Surakarta.

5.

[Mêgatruh]

wus sinuguh sêga iwak manjung-manjung / lawuhan kang luwih-luwih / lawan inuman supênuh / sêsêgêran arum manis / woh-wohan kang anos-anos //.

pêpanganan lêgi gurih sêdhêp nuntung / lumêr pulên lan kumripik / suka sagung kang sinuguh / marêm lêrem warêg aring / nutug katog nganti atop //.

wusnya ngaso Kandhuruhan pamit wangsul / lapur dhatêng sri bupati / Êmpu Bahula tumutur / sang yogi wus anglilani / tandya sami mangkat bodhol //

duta nata tan winuni anèng ênu / sampun malêbêt ing puri / munjuk ing kangjêng sang prabu / sawêlinge sang ayogi / wiwitan wasananing wos //

Sri Èrlangga kalangkung suka jumurung / maringi sapalakarti / mring Êmpu Bahula laju / kinèn nglamar mangkat nuli / mring Girah ngupaya bojo //

dipun atêr ing wadya sapantêsipun / enggale sampun dumugi / ing Girah dhukuhan agung / Êmpu Bahula gya linggih / ing ênggon sadhiyan dhayoh //

Calonarang mêtu anêmoni tamu / muwus aris sêmu taklim / bagea sang nêmbe rawuh / sintên saha saking pundi / kula katambêt tanpanon //

Sang Bahula saka ing salu tumurun / nglungsur basahaning jarik / lan mangsuli sabda alus / pambage paduka singgih / nuwun ulun kêdah ngasor //

dene sowan kula punika nênuwun / mugi angsal sih sinudi / bok rôndha malih amuwus / prayogi lênggah rumiyin / nuli lungguh bali ing gon //

Sang Bahula alon dènira mitêmbung / mugi botên anjalari / rênguning panggalih mêsgul / minggêtakên srawungan sih / kang makatên sampun ngantos //

yèn paduka rujuk kapanujon sarju / tuwin kang badhe nglampahi / pun Manggali kula suwun / dadosa semah salami / samantên wau yèn condhong //

ulun pun Bahula ulah ngèlmi luhung / siswaning pandhita sêkti / ing Lêmahtulis kang kasub / botên langkung kula naming / mêmuji sagêd sinarjon //

Calonarang dahat sru sukaning kayun / kayungyun bungahe sêmi / sêming sumèh sêmu anglut / ngalèngèh nganglèngkên angling / ngêlêd idu ngolot-olot //

wusing tutug tanggap mangsuli sabda rum / dhuh inggih sang wiku sigid / kula sakalangkung nuwun / jêngandika anampar sih / dhatêng Manggali pun dhenok //

namung mugi sampun kirangan pamêngku / awit pun Rêtna Manggali / prawan dhusun sangêt cubluk / kogung labêt mung satunggil / môngsa boronga kemawon //

Sang Bahula takèn bab têtukonipun / randhèng Girah muwus gampil / sadhengah pêparingipun / jêr mung sarat tatakrami / botên kêdah repot-repot //

ingkang prêlu mung sih jêngandika èstu / dhatêng pun Rêtna Manggali / Sang Bahula nuli angsung / sêdhah panglarang lan malih / sasrahan said lan tukon //

ya ta wau sampun ing antara dangu / ngrantam angrukti piranti / wus kênthing dina tinamtu / nênggih panggihing pangantin / enggale sampun kalakon //

mawi pawiwahan agêdhèn gêgêdhug / tan godhag jroning nêm ari / arungan lêlangên nutug / dhayoh kulawarga batih / lan kadang kang adoh-adoh //

gulung guyup kasukan asri sêrawung / ting sriwêt rarya lit-alit / bungah-bungah wênèh udur / gumêdêr ting crêngèk nangis / tangèh lamun winiraos //

duk anuju ing wanci sore mèh surup / Nyai Calonarang pamit / muwus marang mantunipun / arsa kesah ngaring-aring / maring pasetran sêsintron //

lan kitabe parimbon sampun sinambut / putra mantu kinèn kari / têtêp têntrêma arukun / gya kesah ijèn bok nyai / ing sabên-sabên mangkono //

mantèn lanang Bahula têtanya arum / marang Sang Rêtna Manggali / sarwi lêlendhotan lungguh / yayi sibu mênyang ngêndi / anggawa kitab parimbon //

sabên sore lunga ijèn sajak prêlu / bêdhug bêngi lagi bali / yayi tutura satuhu / atiku bangêt kuwatir / mêngko nèk dibegal nguwong //

miwah sato galak nyêgat ganggu-ganggu / yayi aku bangêt watir / Manggali ngingsêri lungguh / sarwi ngarêpake laki / adu dhêngkul timpuh megos //

kula matur sayêktose sibu niku / nanging niki rêmbag wadi / sampun ngantos katarucut / kawêdhar ing sanès janmi / yêktos lo gih sampun omong //

iya yayi aku ora bakal tutur / mosok aku ngudhal wadi / aku iki rak bojomu / mêsthi milu ngrêksa trêtip / priye barèsa mas ingong //

inggih salêrêse sibu niku nêluh / numpêsi tiyang nêgari / milane wontên pagêblug / pêpêjah makêthi-kêthi / kathah kitha sami kothong //

kitabipun puniku kalangkung ampuh / isi ngèlmi wrêni-wrêni / mila botên kenging kantun / ning niku wadi hlo wadi / sampun ngantos omong-omong //

Sang Bahula ngungun sarwi manggut-manggut / lambe mlêcu sêmu wingwrin / wasana alon amuwus / dhuh yayi woding tyas mami / wong dalongèh moblong-moblong //

ingsun yayi bangêt kapenginku wêruh / isine kitab kang mandi / yèn nuju kalimpe sibu / jukukêna ya wong kuning / ya ndhuk sadhela tak dêlok //

inggih benjing yèn kalimpe kula grumut / wau ta sang mantèn kalih / lulus dènira nèng ngriku / wus antara dina malih / Manggali anilip alon //

nyêlêr kitab nuju ibune katungkul / nuli ingaturkên laki / lakine suka ing kalbu / Êmpu Bahula gya pamit / lunga ethok-ethok mlancong // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 39, 15 Bêsar Taun Ehe 1860, 14 Mèi 1930, Taun V

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [599] ---

Ôngka 39, 15 Bêsar Taun Ehe 1860, 14 Mèi 1930, Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Kènnémêrland nagari Walandi

[Grafik]

Mêkaring sêkar krokus ing sabibaring môngsa asrêp (lente)

--- 600 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja Ind. Arts ing Kudus

Wajibing Ngagêsang.

Kawontênan ingkang gumêlar ing donya ingkang katingal wujud gêsang agêng anjêgêrêng, inggih punika manungsa, kewan lan têtuwuhan. Sadaya wau sagêdipun gêsang sarana nêdha, tumrap têtuwuhan nêdha utawi nyêrot sari-sarining siti ingkang dipun cêbloki. Tumrapipun manungsa gêsang wajib nêdha saprêlunipun saha kêdah ngrêksa kasarasaning badan, awit manawi badan saras lan kiyat, botên gampil katrajang ing sêsakit, kajawi punika badan kraos ajêg botên ewah, tilêm lumampah, nyambut damêl lan lanès-sanèsipun sagêd sakeca lan trêngginas.

Murih têtiyang sagêd nata pangatos-atos, ingkang ancasipun badhe sagêd damêl sarasing badan wau, kadumugènipun prêlu kêdah nyumêrêpi lampah-lampahing têtêdhan ingkang manjing ing badan. Lampah-lampah wau kados botên prêlu nyumêrêpi ngantos gambêlang sangêt, cêkap manawi têtiyang nindakakên saprêlunipun, sampun kenging kangge gêgaraning pangatos-atos.

Sakawit tiyang punika ngupa boga kanthi migunakakên suku kangge mlampah pados panggêsangan, yèn sampun angsal, tangan ingkang kêdah rumagang kanthi kabiyantu ing pôncadriya inggih punika paningal, pamirêng, panggônda, lan pangraos badan têrus ing manah, angsal-angsalanipun rumagang ing damêl wau kasêbut asiling pangupa boga. Asil wau taksih nama barang mêntah, sagêdipun tumônja ing badan kêdah dipun ratêngi. Ratêngan punika sakawit kalêbêtakên ing cangkêm nuntên kamamah sarana untu ngantos lêmbat, prêluning lêmbat punika sagêda mitulungi rêkaosing panggilêsipun wadhuk. Têtêdhan ingkang lêmbat wau kaulêt ngangge idu ingkang mêdal saking saubênging cangkêm wau, lajêng dados lunyu gampil kaulu. Manawi kirang lunyu tumrap tiyang sêpuh ingkang nêdha botên mawi duduh utawi kirang duduh lajêng sagêd kasêrêdên, têtêdhan kenging dayaning idu sagêd dados gampil ajuripun.

Têtêdhan ing cangkêm ingkang sampun lêmbat lunyu lajêng kaulu. Pangulunipun sarana êlêt-êlêt. Êlêt-êlêt punika dumunung ing gulu jèjèr (ngajêng wingking) kalihan gurung. Gurung wau pirantos kangge ambêgan tansah nglêbêt ngêdalakên hawa napas kemawon tanpa kêndhat, mila lajêng wontên awisan, manawi lare pinuju nêdha wicantên, tiyang sêpuhipun mungêl: nèk lagi mangan ora kêna padon. Iku ora ilok, utawi manawi tiyang nêdha sampun wicantên kathah-kathah, manawi kapêksa kêdah wicantên, amargi wontên kônca utawi tamu rêmbagan ingkang pitakèn kêdah dipun jawab, punika manawi cangkêm pinuju kêbak têtêdhan inggih kacandhêt sawatawis rumiyin ngantos têtêdhan sampun kaulu. Têrangipun makatên: ing têlak tiyang punika wontên sêntilipun pirantos kangge nutup gurung manawi nuju nêdha, utawi pirantos kangge nutup êlêt-êlêt manawi nuju wicantên. Dados yèn nêdha lajêng wicantên, [wicantê...]

--- 601 ---

[...n,] pun têtêdhan lajêng sagêd wangsul kasurung dening hawa wicantên, amargi pun sêntil ingkang kasurung hawa sagêd mênga, wangsuling têtêdhan wau lajêng sagêd lumêbêd gurung sakêdhik ingkang kawastanan kasêlak, punika sarana ngagèt lajêng kalêbêt ing irung. Tumrapipun tiyang sêpuh sangêt utawi bayi, bab kasêlak punika asring aniwasi, jalaran lumêbêtipun têtêdhan sakêdhik ing gurung, lajêng sagêd dhatêng ing pipa-pipa kêbuk, punika sagêd nukulakên sêsakit longontsteking ingkang ambêbayani. Têtêdhan ing cangkêm ingkang sampun lêmbat lunyu lajêng kaulu sakawit tumandho ing wadhuk, wontên ing wadhuk lajêng kagilês kaulêt sarana toyaning wadhuk (zoutzuur) raosipun kêcut sangêt, têtêdhan kenging toya kêcut wau lajêng lêbur dados bubur, sarinipun kenging kaisêp ing urat êrah. Sawatawis 3-5 jam wontên ing wadhuk nuntên mandhap lumêbêt ing usus 12 nyari panjangipun, ing ngriku kèndêl malih sarta kaêjur malih kenging kaisêp ing urat êrah ngantos kantun ampas. Ampas punika dèrèng nama têlas sarinipun, lajêng mlêbêt ing usus alus, samargi-margi tansah kaisêp urat êrah ngantos dados ampas sayêktos, pun ampas lumêbêt ing usus kandêl ingkang tansah mêlar mingkup nuntên dumugi ing dubur lajêng kabucal.

Sapunika urat êrah ambêkta sari wau dhatêng badan sakojur, nama suka têtêdhan dhatêng saranduning badan, ing ngriku tuwuhing kêkiyatan adamêl sêgêring badan sakojur.

Dados tiyang gêsang punika kêdah nêdha, sadaya solah-bawa lan ebahing peranganing badan punika sarana kêkiyatan. Wêdaling kêkiyatan kanthi wêdaling isining badan, saya kathah kalonging isinipun badan, upami tiyang gêgêni kajêngipun sami dados awu, tumrapipun badan inggih makatên ugi. Wondene kalongipun wau kêdah dipun lintoni sarana nêdha, manawi botên nêdha botên gadhah kêkiyatan wêkasan pêjah, dados têdha punika prasasat suka kêkiyatan. Kajawi punika têdha punika inggih nuwuhakên bêntèr ingkang prêlu sangêt tumraping ngagêsang, bêntèring badan kenging kaupamèkakên pawoning pabrik, manawi latuning pawon botên gêsang mêsin-mêsin botên lumampah.

Cariyos Kina

Kêpêl Bima

Ing Kajawèn tanggal 29 Marêt 1930 ôngka 26, kula sampun maos karanganipun P.K. 585 anêrangakên kawontênanipun tapak Bima ing paresidhenan Surakarta. Kula rumaos cuwa sangêt ing manah, dene kula botên sagêd urun anggancarakên lajêngipun dêdongengan wau, kadosdene pamundhutipun ingkang ngarang, namung sagêd ngaturi cocoganipun, minôngka pandhinganipun tapak dêlamakan Bima wau, inggih punika tapak èpèk-èpèk Bima, nanging botên awujud tapak [tapa...]

--- 602 ---

[...k] tangan kajrêbèbèhakên, wontênipun tapak tangan kakêpêlakên, dados tapak wau katawis wontên ing barang ingkang dipun kêpêl, pramila tiyang kathah lajêng mastani kêpêl Bima utawi kêpêlan Bima utawi inggih sok dipun sêbut: watu kêpêl. Ewasamantên wontênipun kêpêl Bima wau, inggih botên wontên tiyang ingkang sagêd nyariyosakên dêdongenganipun ingkang kenging dipun pitados, namung dêdongengan ngayawara kanthi cêkak, kados ing ngandhap punika:

ing sapinggiring margi agêng wêwêngkon dhusun Tumpang, andhèrèk wêwêngkon dhistrik Jatilawang, kabupatèn Purwakêrta, kaprênah sacêlakipun lèpèn Sêrayu, ing ngriku wontên sela wangun gilig, panjang kalih iji, agêng tuwin panjangipun botên sami. Ingkang agêng panjangipun kirang langkung kalih kaki, kubêngipun kirang langkung tigang kaki, dene sela satunggalipun malih langkung alit sarta langkung cêlak. Sela kalih iji punika sami ngadêg jajar ing pinggir margi, sarta kêbak borèh lan ing perangan nginggil kathah sêkaripun, sabab kathah-kathahing tiyang ingkang langkung ing margi punika, sok sami mrêlokakên ambêkta borèh lan sêkar kasajèkakên ing sela wau, ngapuntên punapa pikajêngipun, kula piyambak botên mangrêtos. Wondening sela kêkalih wau, ing ngiringan (giliganipun) botên alus, nanging dhêkok mubêng, mênjuluk mubêng, makatên salajêngipun, dados saèmpêr kadosdene barang dipun kêpêl, katawis wontên tapakipun dariji mubêng.

Nalika kula taksih alit, wontên satunggiling lurah sêpuh ing dhusun sacêlakipun ngriku andongèng dhatêng kula, nanging tamtu dongèng ngayawara kemawon, sabab dongèng kangge lare alit, makatên: Nalika nagari damêl margi wau, piyambakipun tumut nyambut damêl. Sarêng kuli-kuli andhudhuk siti badhe kangge ngurug panggenan ingkang taksih lêgog-lêgog lajêng manggih sela wontên ing salêbêting siti kalih iji. Sarêng margi sampun dados, sela kêkalih wau pancèn dipun jarag kaêdêgakên jajar ing tanggul margi ngantos sapriki. Dene aslinipun sela wau, ing jaman kina pancèn kêpêlan sêkul, ingkang kakêpêl dening Bima badhe katêdha, sabab kacariyos, lèpèn Sêrayu kasêbut ing ngajêng damêlanipun Bima. Ing satunggaling wêkdal, Bima pinuju kèndêl nêdha sêkul, dumadakan kadhatêngan mêngsah, botên katêrangakên mêngsah sintên, kêpêlan sêkul kantun kalih iji dèrèng ngantos kaêmplok, kasêsa nanggulangi mêngsahipun, namung samantên dongenganipun kaki lurah sêpuh dhatêng kula nalika taksih lare.

Kadosdene kula sampun matur ing ngajêng, dongengan punika tamtu ngayawara kemawon, prêlu namung kangge damêl sênêng dhatêng lare, dados inggih dongengan botên kenging dipun pitados, amila ambokbilih wontên para maos sagêd sarta karsa anggancarakên sanès cariyos malih, ingkang mèmpêr, sangêt ing panuwun kula, minôngka mêwahi sêsêrêpan.§ Dongengan ingkang kados makatên punika warni-warni sangêt, nanging para maos sampun kalintu, punika namung dongèng.

Supardan, Purwakêrta.

--- 603 ---

Bab Ringgit

Bathara Guru

Sambêtipun Kajawèn nomêr 38.

Ing sadèrèngipun wontên Pandhawa, Bathara Guru inggih sampun nate ngejawantah jumênêng nata, jêjuluk Maharaja Dewa Budha, nagarinipunn ing Mêdhangkamulan, angratoni janma manusa, lêlêmbut tuwin sawarninipun ingkang sipat nyawa. Salêbêtipun jumênêng wau tansah mranata rahayuning bumi, botên wontên isining jagad ingkang botên suyud dhatêng panjênênganipun, nanging ugi tansah wontên sabab ingkang kêdah dipun adili. Dangu-dangu Sri Maharaja Dewa Budha kêwêlèh ing tindak, jalaran dipun aturi anduradarsihi bunglon kalihan pramèswari nata. Wontênipun makatên, awit sang nata adhêdhawuh sawarnining supênan kêdah dipun duradarsihi, upami wontên sima supêna nêdha kidang, makatên sapanunggilanipun.

Kacariyos bunglon ingkang anjalari kawêlèhipun sang nata, ing sadèrèngipun tansah anggagas kanthi prihatos, awit tamtu badhe damêl karisakaning kawula, lajêng gadhah atur ingkang botên-botên. Ing ngriku bunglon lajêng gadhah atur dhatêng sang nata, nyuwun dipun duradarsihi anggènipun supêna tinariman pramèswari nata. Nanging salugunipun namung atur damêlan kemawon. Ing ngriku sang nata sakalangkung lingsêm wêkasan lajêng muksa wangsul malih makahyangan ing wukir Têngguru.

Manawi mirid kawontênaning lêlampahan, mokal sangêt manawi para dewa punika ngantos kasoran kalihan titah, nanging nyatanipun botên makatên, para dewa inggih nate kasoran kalihan tiyang limrah, têgêsipun sanès dewa, lan ugi kêrêp sangêt kahyanganipun dipun inggahi ing danawa, dewanipun lajêng pados sraya tiyang. Ingkang makatên wau nandhakakên bilih dewa punika inggih kenging apês, dene jalaraning apês tamtu wontên.

Kadosdene Sang Hyang Guru wau, sintên ingkang badhe ngintên manawi sagêd kasoran, ewadene wontên ing lêlampahan ringgit, Bathara Gurun nate kasoran, malah botên kasoran kemawon, mawi kawirangan, wontên ing lampahan caranggana, cêcariyosanipun makatên:

Kacariyos ing Praja Ngastina kataman pêpêtêng, amargi kadhaton kalêbêtan pandung aguna, nyidra Dèwi Dursilawati. Sampun kathah ingkang ngayoni pandung, nanging botên wontên ingkang angsal damêl, dalah para pandhawa pisan sami kasoran, kalêbêt Prabu Krêsna pisan. Wusana pandung aguna lêstantun ngambah pura Ngastina tanpa sônggarunggi.

Anyarêngi lêlampahan, wontên pandhita ing Awu-awu Langit, kagungan wayah jalêr bagus anèm, ambranyak ngajrih-ajrihi, sakti linangkung, tiyang dipun idoni: lonyoh, tiyang dipun salênthik: mawut, sawêk mandêng kemawon tiyang sampun gundam-gundam. Satriya wau nama Radèn Caranggana, putra panêngah Pandhawa, Radèn Dananjaya. Nanging Radèn Caranggana dèrèng sumêrêp dhatêng panêngah Pandhawa, [Pa...]

--- 604 ---

[...ndhawa,] lajêng matur ing sang bagawan, sintên ramanipun, têmbungipun ngoko kemawon. Cêkakipun botên kenging dipun kilapi, lajêng madosi dhatêng Madukara. Kados adat kalimrahaning lêlampahan ringgit.

Lampahipun Radèn Caranggana wontên ing margi manggih pakèwêd, pêrangan kalihan danawa, nanging sakêdhap kemawon sirna sadaya. Sadumuginipun ing Madukara tanpa lèrèn, botên wontên para sêpuh ingkang dipun kramani. Cêkaking cariyos inggih badhe dipun akên putra, manawi sagêd nyêpêng pandung aguna ing Ngastina. Radèn Caranggana nyagahi lajêng bidhal.

Sadumugining Ngastina lajêng madosi pandung dhatêng kaputrèn, kacariyos pandungipun kalih, sami bagus-bagus ing warni, nanging satunggalipun namung dados pandhèrèk kemawon.

Pandung kalih pisan kenging kacêpêng, lajêng dipun bên kumba, wêkasan badhar, bêdhêngis dados Hyang Guru kalihan Hyang Narada. Kalih pisan taksih dipun cêpêng Radèn Caranggana, Sang Radèn lajêng ngandika: E la, layak, la wong kowe, sapa sing arêp nandhingi. Nanging kowe apa padha ora isin, ana dewa têka duwe tindak mangkono, mêsthi bae tanpa alangan tanpa pakewuh. Kowe kapok ora.

Dewa kêkalih sami asrah kalêpatan lajêng muksa. Bab punika namung kangge pasaksèn bilih dewa punika inggih taksih kenging lêpat.

Dumugi samantên andharan bab Bathara Guru. Lêrês lêpatipun kasumanggakakên ing para maos.

[Grafik]

Gambar ing nginggil punika sawangan kawontênanipun margi ing Kurinci, Sumatrah.

--- 605 ---

Raos Jawi

Raosing Lêlagon

Bokmanawi ing pundi kemawon, botên wontên bôngsa ingkang botên anggadhahi raras lêlagon ingkang nênarik manah, sanadyan tiyang ingkang taksih wanan pisan, ugi gadhah raos katarik ing manah nalika mirêngakên suwaraning lêlagon, mila satunggal-satunggaling bôngsa punapa kemawon, tamtu gadhah kasênêngan awarni têtabuhan utawi rêngêng-rêngêng ingkang manjing dados kanikmatan.

Tuwuhing raos ingkang nênarik manah wau, manawi têtêmbangan, wontên ingkang jalaran saking sakecaning swara, wontên ingkang jalaran saking suraosipun, dene jangkêpipun ingkang kêcakup kalih pisan.

Swaraning têtabuhan utawi swaraning têtêmbangan punika tumandukipun dhatêng raos beda-beda. Upaminipun tiyang jagong, nalika dumugi ing pajagongan, sanadyan lampahipun ngunthul, sarêng dipun urmati gamêlan Kêbogiro inggih janggirat, botên ketang sakêdhik, inggih lajêng mawi pêtètèng. Tiyang ingkang raosipun gathuk kalihan swaraning musik, nalika mirêng: jing, jing, inggih lajêng mungal dhadhanipun. Satunggal-satunggaling lêlagon wau tumandukipun dhatêng raosing tiyang kagambarakên kados ing ngandhap punika:

Raos ingkang damêl ngêrêsing manah. Wontên tiyang jalêr dipun tilar ngajal ingkang èstri, nilar anak sawêg umur kalih taun, bekaning lare wau tansah damêl susahing bapa, saya manawi nuju nglilir ing wanci dalu, lajêng takèn biyung, raosing manahipun bapa, kados ajur dipun rêmêt-rêmêt. Ing kalanipun lare nangis ing wanci dalu wau, lajêng dipun bopong kalihan dipun rêngêng-rêngêng. Tamtu kemawon rêngêng-rêngêngipun tiyang susah punika botên mêlang-mêlung kados pamêlungipun tiyang ngumbar swara, malah sêndhêt sajak grag-grêg kancing kalamênjingipun. Swara ingkang makatên wau, tumrap tôngga têpalih ingkang mirêngakên, tamtu kêtarik saha tumut ngêrês ing manah.

Raos ingkang damêl wêlas. Ing wanci têngah dalu, wontên swaraning pawèstri rêngêng-rêngêng, lamat-lamatipun sajak Dhandhanggula turu lare, nanging sajak tansah kandhêg jalaran dipun sambi nyambut damêl, pantês-pantêsipun nuju nglêmbur nyêrat. Wontên tiyang pitakèn dhatêng sawênèhing tiyang: ingkang rêngêng-rêngêng punika sintên. Wangsulanipun: punika radèn ngantèn anu, nêmbe dipun tilar krama enggal ingkang raka. Tiyang ingkang pitakèn wau lajêng wicantên, mêmêlas.

Raos ngêlangut. Nuju nglilir tilêm ing wanci têngah dalu, mirêng wontên tiyang maos, sêkaripun mijil, dhasar suwaranipun sae, lagunipun nyês, dene pamaosipun ingkang cêtha, kêmirêngan makatên.

[Mijil]

Sun wartani laraningsun nini / kinarya lêlakon / pinisahakên dening mangsane / sih-sinihan sinarèng ing Widi / tan tulus karonsih / lunga jiwaningsun // …. Tiyang ingkang [ing...]

--- 606 ---

[...kang] mirêngakên lêlagon ingkang kados makatên punika, gagasanipun lajêng angalangut, ngèngêti suraosipun Sêrat Rama, pêlênging panggagas gumêlêng wontên ing Dèwi Sinta, ingkang kapisah kalihan garwa. Suraosipun wau anuwuhakên raos mêmêlasipun Dèwi Sinta wontên tanganing mêngsah, salajêngipun saya ngêlangut.

Raos bingah kamoran sêdhih. Wontên sawênèhipun saradhadhu Jawi cariyos makatên: kala pêrang ing Lombok, kula tumut dipun lurugakên, nêmpuh kitha Cakranagara. Kala samantên kathah kônca, kuwanuhan, punapadene pangagêng ingkang sami tiwas, wusana kitha Cakranagara kalampahan sagêd bêdhah. Sabêdhahipun kitha Cakranagara para prajurit lajêng wangsul saking ngriku. Bidhaling prajurit wau samargi-margi tansah ngungêlakên musik, suwaranipun ing wêkdal wau, sagêd nuwuhakên raosing manah kula gambira kamoran sêdhih. Gambira kula, dene rumaos unggul ing pêrang, sêdhih kula, dene kathah kônca ingkang nêmahi tiwas, punapadene ngèngêti wujuding kitha katingal kados papan pêjah. Ing sanalika ngriku, botên namung kula kemawon, ugi kathah tiyang sanès-sanèsipun, ing salêbêtipun lumampah sami pating slênggruk nangis, nanging inggih raos bingah, kula ngantos botên sagêd milahakên.

Raos gambira. Punika gampilanipun wontên raosipun tiyang nayuban, kalanipun kadhawahan sampur, sarêng mirêng ungêling gêndhing pundhutanipun, lajêng binarung pangêliking waranggana. Adhuh raosing panggalih tamtu gambira. Ing wêkdal punika sawarnining ruwêd rêntêng sami sumisih.

Raos nganyêlakên. Bokmanawi ingkang ragi mèmpêr makatên: anak nuju sakit, sakêdhap-sakêdhap mêcicil, wah nuju botên gadhah arta. Salêbêtipun manggih lêlampahan kados makatên punika wontên tiyang tunggil sagriya ura-ura Sinom parijatha. Punika sanadyan ingkang mirêngakên botên nyuwara punapa-punapa, nanging ing batos tamtu anyêl.

Kados makatên mênggah gêgambaraning raosing lêlagon ingkang tumanduk ing tiyang.

Ambêg

Ambêg ala, sugih ewa, nora lômba.

Ambêg siya, tansah suka, karya lara.

Ambêg wêlas, nora eklas gawe maras.

Ambêg mulig, kang dèn ulig bôngsa wêgig.

Ambêg pati, nguja wani, lumuh bali.

Ambêg tani, tansah ngudi ing lêstari.

Ambêg guna, tansah mêksa ngaku bisa.

Ambêg adil, noragêlêm anggêgampil.

Budi wrêngkêng, barang mêmpêng, kongsi matêng.

Budi kukuh, nora keguh ing panggidhuh.

Karsana.

--- 607 ---

Waosan Lare

Kapatèn Obor

V. Subur klêbu dadi prajurit

[Mêgatruh]

Ambalèni caritane Jaka Subur / salakune mung kêkinthil / barêng lakune wis tutug / ing nagara Singa muni / ing saiki alon-alon //

wong lumaku ana ing nagara iku / bêcik kudu ngati-ati / kuwi bênakna klambimu / lan aja acincing jarik / wong sing wêruh mundhak alok //

awit lumrah wong nagara dhêmên nyaru / karo ngarani gumaib / yèn diwangsuli sok banjur / gampang bangêt angunèni / andesa-desakke uwong //

apa kowe ora krasa ngêlèh he Bur / Subur alon amangsuli / botên kula taksih tuwuk / mung ragi ngêlak sakêdhik / nanging môngga lajêng mawon //

punapa pak kang katingal rubung-rubung / bok môngga mampir ningali / Singa mangsuli ambêkus / o dudu tontonan kuwi / anu Bur kuwi wong dodol //

uwis lumrah wong dodol yèn laris rubung / kuwi sing padha nukoni / dene sing diêdol iku / jadah jênang iwak têrik / wah larange ora ilok //

Subur wêruh kang mangkono iku gumun / saka durung amrangguli / lakune wusana tutug / têngah pasar Subur giris / dene rame kaya ngono //

Subur ngêsuk Pak Singa gondhelan sabuk / rongèh atine kuwatir / kreta tansah pating gludhug / wong mikul nyabawa sih sih / grobag sapi pating gêrot //

Singakrama angguyu lan alon clathu / bênêr bubur. yèn kowe wêdi / aku yèn eling ing guyu / dhèk nalika isih cilik / yèn wêdi banjur ambêngok //

nuli Subur anggêguyu lan clathu ah / yèn kula botên ajrih /Kurang satu suku kata: yèn kawula botên ajrih. mung ing manah pancèn kuwur / saking bingung aningali / pating sliwêr tanpa pêdhot //

Singakrama mangsuli karo angguyu / dene kowe lagi mak nyik / ngambah nagara wis umuk / kôndha jare ora wêdi / besuk dadi tukang obrol //

ora suwe lakune têkan lun-alun / Subur nolèh milang-miling / dene ketok ngaluk-aluk / Singa nuli angandhani / iki alun-alun êlor //

mêngko aku kowe ambacut malêbu / mênyang jêron baluwarti / banjur sowan ing lurahku / tindakmu sing ngati-ati / kabèh kudu sarwa alon //

ora suwe lakune tumuli tutug / omah gêdhe ketok sêpi / nuli ana uwong mêtu / gêdhe dhuwur amêdèni / karo ambagèkke alon //

kowe Singa dene nyang nagara mlêbu / ora nganggo tak timbali / wis nyanga buri ambacut / lah sapa cah lanang kuwi / lagi iki aku tumon //

Singakrama nuli andhodhok lan matur / punika penakan kyai / sing takon nuli calathu / ya wis ta êjakên bêcik / sowana lurahmu wedok //

uwong mau jênênge

--- 608 ---

Ki Dhêndhabau / dadi lêlurah prajurit / dene Singakrama iku / bêbêkêl lungguhe bumi / kang nèng Karangrêja manggon //

lurah wedok barêng wêruh Singa mau / bangêt bungah karo muni / lah kabênêran têkamu / aku lagi sêpi dhuwit / êmpingana ka rong pasok //

Singa linggih lan angguyu karo clathu / iyah panjênêngan nyai / botên wontên sanèsipun / kula sabên sowan mêsthi / pun pundhuti ngêmping paos //

Kyai Bau têka anyambungi clathu / pancèn kêbangêtên kuwi / pira ta gone anjaluk / Singa alon anyauri / mundhutipun kalih pasok //

Kyai Bau mangsuli karo ambêkus / ora mèmpêr bangêt kuwi / ora eling cêdhak mulud / wis ta ngene bae bêcik / uwèhana têlung pasok //

Singakrama kêthip-kêthip lan angguyu / dados têrangipun kyai / malah nama dhapur nimbrung / inggih sampun môngga nyai / kula andhèrèk kemawon //

tuwin malih kyai kula nyêla atur / mugi kaparêng nulungi / penakan kula pun Subur / ingkang tumut sowan mriki / kula abdèkakên borong //

sukur-sukur manawi ing têmbenipun / sagêd kalêbêt prajurit / kula bingah sakalangkung / Kyai Bau ngundang nuli / coba renea tak tonton //

lah ngadêga coba malakua maju / wis linggiha iya bêcik / Singa titike anakmu / kalêbu dadi prajurit / bênêran ana sing lowong //

kowe Subur ing sadurunge malêbu / anaa ing kene dhisik / supayane kowe atul / cara srawungan priyayi / dadi ora bangêt totok //

lêga bangêt Singakrama karo Subur / Singa anginêp sawêngi / esuk bali umun-umun / cêkake Subur saiki / wis macung prajurit kraton //

Anèh-anèhan ing donya

[Grafik]

Tiyang ingkang nêdya langkung tansah wontên kemawon rekadayanipun. Tuwan Kaye Don, bôngsa Amerikah, anglampahakên oto ing dalêm saêjam 400 km, môngka sêpur èsprès kemawon saêjam wradin-wradin namung 75 km. gambar ing nginggil punika nalika oto sawêg kacobi.

--- 609 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Kasênêngan wontên ing Batawi

III.

Petruk: Nalika dina Sêbtu kang kapungkur, aku wis nyaritakake kaanane pasar ikan sadurunge diadani gêmintê. Ing kono kowe bisa ngira-ira, sapira rêkasane tukang-tukang amèk iwak kala samana, aja manèh simpên dhuwit bisaa, lagi sing dipangan sabên dinane bae mêksa comprang-camprèng. Nanging mara dêlêngên wohe saiki, sajêrone pasar ikan kurang luwih têlung taun kiyi barêng diadani dening gêmintê.

Garèng: Buktine Truk, buktine, aja mung ngalêm thok bae. Sêdyaning gêmintê kuwi aku pancèn iya prêcaya yèn utama bangêt, yaiku arêp ambêcikake, kaya ta: ambêcikake dalan-dalan sajêroning kutha, nganti katon alus kaya sutra lan rêsik mêling-mêling kaya gêlas, ning ya mung dalan-dalan sing kêna diambah motor, nèk diambah dhokar saking alusing dalan, jarane malah kêrêp sêtrikêl, apa manèh nèk sing ngambah bangsane aku kowe thik wanci bêdhug andhrêndhêng, kuwi kene bisa kalakon jêjathilan tanpa nganggo gamêlan têmênan. Dadi bêcike dalan-dalan mau, mung dalan-dalan sing mêtu ngarêpe omahe sing sugih-sugih phulus, lan gunane ya mung kanggo sing sugih-sigih phulus. Dene anggone ambêcikake dalan-dalan pakampungan, saking apike, nganti nèk masa udan jarene ora ana ilèn-ilène, sok dadi kêdhatone wêlut, nèk masa panas saka akèhing blêdug, bêcik bangêt kanggo wong sing kêpengin bèlèkên, kajaba iku ...

[Grafik]

Petruk: Wis wis têka banjur ngala-ala mêngkono. Kowe rak iya wêruh dhewe, yèn umure gêmintê kuwi durung lawas, têmtune iya durung bisa nandangi kabèh, tumindake kudu saka sathithik, lan diwiwiti sing prêlu-prêlu dhisik, nanging ngandêla nyang aku yèn suwe-suwene kabèh mau mêsthi iya dicakupi, nanging iya sarana alon-alonan.

Garèng: Aku ya ngandêl bangêt Truk, apa manèh yèn ana bôngsa luhur ngrêsakake arêp têdhak nyang pakampungan, sadhela bae têmtune dalan-dalan ing pakampungan iya banjur nècis-nècis sanalika. Nanging dudu bab kiyi sing dak rêmbug, saikine aku mung arêp anjaluk bukti-buktine, [bukti-bukti...]

--- 610 ---

[...ne,] undhake kaanane pasar ikan dicêkêl dening gêmintê sajêroning têlung taun kiyi.

Petruk: Bukti sing wis cêtha wela-wela, anane dhuwit kang wus dicèlèngi dening tukang-tukang golèk iwak, kuwi sabên taun tansah mundhak-mundhak bae, mara ta pikirên, apa ora jêmpol jênêngamu, êntèk-êntèkane taun 1927 wong-wong mau wis bisa nyèlèngi f 14.000.- ing taun 1928 - f 18.000 lan êntèk-êntèkane taun 1929 - f 22.600.-

Garèng: Wathathithah, nèk mêngkono iya plêng-plêngan têmênan. Mungguh tumindake kapriye, Truk, têka bisa dadi ngèrèng mêngkono.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun mênara ing pasar ikan, Bêtawi.

Petruk: Kang kapisan: gêmintê nganakake pranatan, wong-wong tukang golèk iwak sing kêkurangan bêkakas, bisa diutangi dhuwit sacukupe kanggo tuku pirantining wong golèk iwak, kaya ta: prau, jala, pancing, rumpon lan sapêpadhane.

Garèng: Mêngko dhisik, Truk, aku tak nyêlani. Aku iya prêcaya bangêt, yèn sêdyane gêmintê kuwi apik, nanging nyang lomaning gêmintê, dhal-dhêl nyilihi dhuwit, kuwi yèn aku dikon ngandêl bae, kok iya mêksa kudu: mangke rumiyin. Kiraku gêlême ngutangi kuwi, ya nèk yakin yèn sing arêp diutangi kuwi nyata têmênan duwe barang-barang sing kanggo nanggung utange mau. Lan kiraku anakane iya ngungkul-ungkuli karo sing sêpuluh kumbali dhua bêlas kae.

Petruk: Lo, durung-durung têka banjur wis arêp nacad bae. Sing arêp utang kudu anduwèni barang-barang sing ambêjaji kanggo nanggung utange, kuwi iya wis mêsthi, nanging mungguh tumrap gêmintê, barang-barang sing ditanggungake kuwi sing akèh ora ana ajine babarpisan. Kaya ta: tukang golèk iwak sing omahe adoh saka kutha Batawi, lan yèn diparani rêkasa bangêt lakune, kuwi sanadyan ing kanane ana rêgane, nanging tumraping gêmintê rak ora ana ajine babarpisan, ewadene wong mau mêksa bisa olèh utangan. Utawa manèh kowe rak wêruh dhewe, gampange olèh kapitunan ngutangi marang wong-wong tukang golèk iwak kuwi, kaya ta: prau gampang kêrême, rumpon gampang rusake, lan sapêpadhane. Nèk kalakon mêngkono, sing kêrêp gêmintê ora olèh liru dhuwit sing diutangake mau.

Garèng: Hla, nèk mêngkono gêmintê iya kêna diarani jêmpul, sakikine ing sarèhning gêmintê [gê...]

--- 611 ---

[...mintê] bisa olèh karugian jalaran ora baline dhuwit sing diutangake, têmtune anggone ngantêm jakop kanggo anakane, iya sasayahira.

Petruk: Pantês-pantêse iya mangkono, nanging sanyatane ora. Aku mrêlokake analiti pranatane amotangake nyang wong-wong tukanag golèk iwak, mungguh panêmuku iya adil bangêt. Anggone ambalèkake dhuwite mau, miturut olèh-olèhane iwak. Nitik palapurane panggêdhe sing nguwasane pasar ikan, tumêkane saiki gêmintê durung bisa olèh bathi, nanging isih tansah kapitunan bae. Iya wis mêsthi yèn ora bakal mangkono bae, suwe-suwene iya mêsthi bisa olèh kauntungan.

Garèng: Lan kauntungane mau mêsthi bisa tikêl matikêl têkuk. Sajake Petruk ki olèh tukon rokok, anggone ngalêm têka ambêlagêd mêngkono. Pranatan kapriye manèh kang bisa anjalari wong-wong tukang golèk iwak mau bisa nyèlèngi dhuwit sathekruk kuwi.

Petruk: Carane nglelangake iwak nyara modhèl saiki, têgêse: rêganing iwak ora saya mêngkêrêt, nanging tansah mundhak-mundhak. Lan pituwase kanggo nglelangake mung 5% saka olèh-olèhane. Ing kono ora dibedakake wong utang utawa ora, kabèh mung ambayar 5%.

Garèng: Iya wis, aku tak prêcaya bae nyang omongmu, aku têmtune iya ora bisa nêksèni dhewe, mulane bisaku ya mung: amin bae. Ora Truk, apa kowe wêruh, sapira olèh-olèhane iwak kang lumêbu ing pasar ikan ing dalêm sataun-taune.

Petruk: Ing taun-taun kang wus kapungkur, êmbuh ora wêruh, nanging ing sajêrone taun 1929 olèh-olèhane kira-kira ana f 2.048.000.- samono kuwi olèh-olèhane wong pribumi f 1.175.000.- bôngsa Eropah f 26.000.-, bôngsa Jêpang f 500.000.- lan bôngsa Tionghwa f 350.000.-, nèk nitik andharanku kiyi, olèh-olèhane wong pribumi akèh dhewe. Nanging nèk ora kabênêran olèh-olehane mau ora suwe manèh mêsthi bakal kêsusul karo olèh-olehane bôngsa Jêpang, awit pirantine misaya iwak bôngsa Jêpang kabèh sarana gagrag anyar, balik bôngsa inyong kiyi isih migunakake piranti-piranti kira-kira rongatus taun sing wis kapungkur. Jalaran saka iku nagara saiki nganakake kantor kang dikêpalani dening sawijining tukang golèk iwak bôngsa Eropah, sing sêdyane arêp ambêcikake carane amisaya iwak tumrap wong pribumi. Nanging rêmbugane padha dilèrèni samene bae dhisik, liya dina padha dibanjurake manèh.

--- 612 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah

Tumut bela sungkawa

Saking Medhan, Aneta martosakên, ing Sumatra sisih wetan gêgayutan kalihan kacêpêngipun Sang Mahatma Gandi kala tanggal 6 Mèi punika têtiyang Indhu sami kèndêl botên nindakakên pakaryan, lajêng sami mêmuja ing candhi Indhu ing Medhan. Pulisi angrondhani, kawontênanipun têntrêm botên wontên kara-kara. Kawartosakên British Indian Association sampun kintun tilgram dhatêng Lord Irwin, rajamudha ing Indhia IggrisInggris. saha dhatêng konggrès kabangsan, wosipun nelakakên bela sungkawanipun ing bab kacêpêngipun Sang Mahatma. Ing dintên wau sadaya tiyang Bombai, tiyang Kêling tuwin sanè-sanèsipun sami siyam.

A.M.S. ing Sêmarang.

Kawartosakên dhirèkturing H.B.S. ing Sêmarang sampun tampi kabar opisil bilih benjing wulan Juli ngajêng punika ing Sêmarang badhe kawontênakên A.M.S., manggèn ing gêdhong H.B.S. ing Bojong. Sintên ingkang badhe nglêbêti pamulangan wau kenging prasabên dhatêng dhirèkturing H.B.S. wau ingkang ugi badhe ngrangkêp jumênêng dhirèktur A.M.S., dados kados wontênipun H.B.S. - A.M.S. ing Malang, inggih punika pamulangan kalih kanthi tuntunan satunggal. A.M.S. wau badhe kawiwitan saking klas ngandhap, kathah-kathahipun kalih klas. Tumrap taun ingkang kawitan cêkap kapanggènakên ing gêdhong H.B.S. nanging benjing bilih sampun wêwah klasipun, sampun têmtu badhe kadamêlakên gêdhong piyambak utawi wontênipun gêdhong ing ngriku kaagêngakên. Minôngka gurunipun inggih punika guru-guru ing H.B.S., bilih prêlu kadugi badhe kawêwahan satunggal malih.

Angsal-angsalanipun S.S.

Saking Bandhung Aneta martosakên, salêbêtipun wulan April taun punika angsal-angsalanipun S.S. ing tanah Jawi wontên 4.184.603 rupiyah, katimbang kalihan taun ingkang kapêngkêr suda 388.282 rupiah. Saking wulan Januari dumugi wulan April sudaning angsal-angsalanipun wontên 2.637.847 rupiyah katimbang kalihan taun ingkang kapêngkêr.

Paboyongan Mardika dhatêng Surinamê.

Sambêt kalihan pawartos ing bab brayat 100 bôngsa pribumi ingkang badhe kakintunakên saking Indhonesiah dhatêng Surinamê botên kanthi kontrak, Aneta mirêng kabar bilih gupêrnur ing Surinamê sampun nyuwun supados wontênipun paboyongan wau kawêwahan dados 150 brayat. Ingkang badhe pados tiyang inggih punika kantor paboyongan mardika ing Ngayogya.

Tuwan Tamrin saha Tuwan Kusumautaya.

Aneta martosakên saking Padhang, tanggal 8 Mèi punika Tuwan Tamrin saha Tuwan Kusumautaya sampun rawuh ing ngrika, dalunipun ing gêdhong gambar idhup mêdhar sabda bab bôndha kabangsan tuwin sanès-sanèsipun. Saking ngrika lajêng dhatêng Pordhêkok, lajêng têrus dhatêng Sumatra sisih wetan.

Pambêskupan morpinê.

Pulisi mêntas nindakakên pambêskupan morpinê ing salah satunggiling hotèl ing Batawi kitha lami, gadhahanipun satunggiling Tionghwa, wawrat 1 k.g., rêgi 2000 rupiyah, asli saking kapal Moena.

Syanghai - Wèltêprèdhên.

Sampun kabikak sambêtan radhio antawisipun Syanghai-Wèltêprèdhên tuwin kosok wangsul. Taripipun sami kados sambêt kan mêdal kabêl.

Patih ing Kêndhal.

Saking Bogor kawartosakên, awit saking panyuwunipun piyambak wiwit tanggal 15 Mèi punika Radèn Mas Suwandi, patih kabupatèn Kêndhal, kaparêngakên lèrèh saking kalênggahanipun kanthi urmat.

Panggêbagipun lotre agêng.

Kasêbut kêkancinganipun dhirèktur justisi sampun katêtêpakên panggêbagipun lotre agêng Van Eykenstichting dhawah dintên Rêbo tanggal 14 wulan punika.

Mênara.

Ing Batawi botên dangu malih badhe kawêdalakên sêrat kabar dintênan enggal anama Mênara, mawi basa Malayu, dipun pandhegani dening Tuwan Tabrani ingkang ugi sampun ngêdalakên kalawarti Revue Politiek.

Kadhigulakên.

Aneta mirêng kabar, tanggal 18 wulan punika wontên tiyang 14 dalah lare saha tiyang èstri sawatawis badhe kasingkirakên dhatêng Dhigul. Têtiyang wau asli saking Sumatra tuwin tanah Jawi, saking bêtawi katumpakakên kapal Plancius, wontên Surabaya lajêng gantos kapal Reteh.

Prakawis jimat.

Kala tanggal 18-19 punika pulisi ing Candhipura sampun nyêpêng tiyang 17 ingkang pinuju kêmpalan wontên ing griyanipun tiyang nama Mangun [Mangu...]

--- 613 ---

[...n] ing Pangungkombak, dhusun Candhipura (Pênanggal). Salah satunggalipun tiyang wau anama Astrasêtika, asli saking dhusun Jarit (Pasirian). Nalika sadaya wau kadangu, wangsulanipun anggènipun kêmpalan wau awit pun Mangun badhe pindhah griya. Wasana sarêng kabêkta dhatêng Candhipura lajêng sami blaka bilih anggènipun kêmpalan wau awit pun Astrasêtika badhe amarah satunggiling ngèlmu. Salajêngipun pulisi sagêd angsal katrangan bilih ing kabudidayan Sumbêrwulu, Kêbondhèli saha Danurêja, taksih kathah tunggilipun ingkang dados muridipun Astrasêtika. Têtela prakawis wau botên gêgayutan kalihan pulitik utawi pakarti awon, wontênipun sami tumbas jimat damêlanipun Astrasêtika namung mligi pados kauntungan tuwin sapanunggilanipun.

Asiah

Parentah enggal ing Pêking.

Kawartosakên, sampun kabangun satunggiling komite tumuju dhatêng adêging parentah enggal ing Pêking. Marsêkalêk Yen badhe jumênêng panuntun pulitik, dene Marsêkalêk Feng ingkang minôngka senapatining wadyabala. Kadugi parentah enggal wau, ingkang minôngka têtimbanganipun parentah ing Nanking, tanggal 1 Juni ngajêng punika badhe kakêpyakakên.

Têmpuking yuda.

Pêking 9 Mèi (Aneta-Radio). Kitha Sengho ingkang minôngka pasanggrahanipun Jendral Feng Yu Hsiang tinêmpuh ing mêsin mabur parentah Nanking, anuwuhakên pêpêjah 100, ingkang tatu wontên 200.

Dahuru ing Indhocina

Hanoi, 6 Mèi (Aneta-Radio). Ing sacêlakipun kitha Fi, wontên kaum kominis sagolongan sami nêmpuh ing satunggiling kabudidayan, nuwuhakên pêpêjah 4. Kaum kuminis ingkang kaprêjaya wontên 20, ingkang nandhang tatu 20, sanèsipun kabujêng dening pulisi.

Wadyabala abrit ing Tiongkok.

Mosko, 4 Mèi (Aneta Reuter), sêrat kabar Prawda martosakên bilih ing Tiongkok wontên wadyabala abrit ingkang sarwi mirantos, cacah sawatawis wontên tiyang 60.000. Miturut sêrat kabar wau wontênipun wadyabala, ingih punika têtiyang inggatan saking wadyabala golongan lèr saha kidul, wigatos gêgayutan kalihan badhe têmpukipun mêngsah kêkalih punika.

Raja Siyêm.

Bangkok, 9 Mèi (Aneta-Radio). Nata ing Siyêm sakalihan garwa sampun kondur saking anggènipun lêlana dhatêng Indhocina, gêgayutan kalihan wontêning salah satunggilipun pandhèrèk, ingkang kasangsaran motor wontên ing purug, konduripun wau botên kanthi pakurmatan punapa-punapa.

Sasampunipun Sang Gandi kacêpêng.

Surat 7 Mèi (Aneta-Reuter). Para ingkang camisami. tumut ebah-ebahan tumut mogok sampun mupakat sumêdya dhatêng Darasanah nêmpuh gudhang sarêm ing ngriku, kados rancanganipun Sang Mahatma nalika dèrèng kacêpêng.

Eropah

Prakawis Tiongkok-Sopyèt.

Mosko, 9 Mèi (Aneta Radio). Utusan Tiongkok kanthi tuntunanipun Mo Teh Hui ingkang badhe wawan rêmbag kalihan parentah Sopyèt prakawis margi sêpur ing Mansuriah sampun dumugi ing Mosko. Tanggal 11 Mèi punika pirêmbagan wau kadugi sampun kawiwitan.

Nagari Walandi.

's Gravenhage, 9 Mèi (Aneta). Awit saking aksi pambekotan barang-barang mônca ing Indhis Inggris pabrik-pabrik barang tênunan ing Twente kathah ingkiang lajêng katutup.

Tilpun radhio.

Saking 's Gravenhage kawartosakên, wiwit tanggal 12 Mèi punika Bèlgi, Prancis, saha Luksêmburêh kasambêtakên kalihan Indhonesiah sarana tilpun radhio. Tanggal 14 Mèi Dhènêmarkên ugi lajêng badhe kasambêtakên (Spec. Bat. Nieuwsblad).

Wangsulan saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 232 Juma. Ngintunakên pakabaran prayogi kakintunakên sarana Document, sêratipun dipun êbani mrapat, botên kapêjahan, nanging botên kenging dipun kanthèni sêrat.

Tuwan S. Sumarta, ing Masaran. Karangan panjênêngan kalih bab sampun katampèn, nanging botên kapacak. Karangan ingkang botên kapacak, botên kakintunakên wangsul, amargi mênggahing kalawarti, ngwangsulakên karangan punika badhe ngathahakên padamêlan tuwin waragad, awit kathah sangêt ingkang kintun panjurung. Saupami sabên panjurung ingkang botên kapacak kawangsulakên, andadaosakên rêribêd.

Lêngganan nomêr 3018 ing Wêlèri. Karangan panjênêngan botên kapacak, kamanah kirang jangkêp, gambar botên cêtha, kakintunakên wangsul.

Lêngganan nomêr 81. Pandangu panjênêngan dintên saha tanggal ingkang sampun 80 taun kapêngkêr, dèrèng manggihakên pathokanipun

Lêngganan nomêr 4684. Karangan sampun katampèn nanging botên kapacak sadaya, Fadjar Soematra ing Tanjungkarang, rêginipun tigang wulan f 2.50.

--- 614 ---

Wêwaosan

Cariyos Calonarang

Babon saking basa Kawi, kajarwakakên mawi sêkar macapat, dening Radèn Wiradat ing Surakarta.

6.

[Mêgatruh]

sajatine marang Lêmahtulis mantuk / ngutu tan dangu wus prapti / kapanggih lan gurunipun / Êmpu Baradhah nanggapi / kitab winiyak tinonton //

wus winaos agawok sarwi macucu / kitab linuwih pramati / amung kang nganggo kalèru / landhêping môntra kinardi / ngadoni panindak awon //

Sang Pandhita Baradhah ngandika arum / hèh Bahula kitab iki / konên nyimpêni bojomu / sandika kang sinung angling / ya ta sawusnya mangkono //

Sang Baradhah laju mring ênggon pagêblug / murid tiga ingkang ngiring / urut marga miwah dhusun / nguripke kang padha mati / nanging mung kang durung bosok //

kang sinawang kang dinumuk kang dinamu / prasami waluya jati / ya ta sang wiku andulu / ana uwong dadèk gêni / dèn anggo angobong layon //

sang bagawan mring ênggon kang arsa nunu / mayit iku dèn lurupi / bojone nangisi ngrangkul / sambat-sambat lan ngambungi / Sang Baradhah nabda alon //

mêngko-mêngko tak dêloke mayit iku / lurup nuli dèn ungkêbi / kêkêtêge banjur thukul / saya sêru sêntig-sêntig / lurub binukak ping pindho //

ambêkane mêtu nora suwe lungguh / warise bungah kêpati / pating sredhok nêmbah sungsun / marang risang angsung jampi / tan kayaa sukaning wong //

atur bêkti panuwun tuwin misungsung / sang wiku lumampah malih / mulat bangke jèjèr têlu / wus basah bangkrah kang siji / ingkang loro durung bosok //

wangke loro iku siniratan banyu / gumaregah padha urip / nêmbah dahat sukèng kalbu / sang wiku ngandika maring / muride kang ngiring loro //

kinèn wangsul marang Lêmahtulis mantuk / ing dhepok kagalih sêpi / ya ta sêsewangan laku / sang wiku laju lumaris / ngidul ngulon menggak-menggok //

dupi prapta pasetran kang rêgêd runggud / dhukut kêkruwudan pakis / wangke pirang-pirang atus / asu jugug gagak muni / hak huk hèng hèng gaok gaok //

sami mangsah mêmôngsa bathang kang buthuk / duk wêruh marang sang yogi / sami kabrasat nênusup / sang bagawan gya nyirati / marang bangkene sakèh wong //

ting jênggèlèk urip pirang-pirang atus / sang wipra lumampah malih / ana wong wadon anginglung / kanganglangan andalêming / kadhang nangis anggêlolo //

labêt tininggal ing mati lakinipun / èstri duk miyat sang yogi / grawalan nungkêmi suku / sambat pêgat-pêgat nangis / nyuwun mrih uriping bojo //

sang bagawan nabda o iku lakimu / uwis ora bisa urip / wis suwe patine iku / yèn kowe adrêng ing ati / kudu kumpul nunggal ênggon //

yèn kowe wis mati iku bisa kumpul / anèng swarga lakawati / kudu nganggo sarat ngèlmu / iki tampanana nuli / anggonên tumêkaning don //

wong wadon wus nampani sangêt anuwun / sêdya mituhu wêwêling / sang wiku tindake laju / anèng pasetran pinanggih / wong loro nêmbah andhodhok //

Sang Baradhah takèn sapa sira iku / dene padha atur bêkti / aku durung tau wanuh / Wêgsirsa amba puniki / punika kônca sadhepok //

pun Maisawadana pêparabipun / sami siswanipun Nyai / Calonarang kang misuwur / dhuh tuwan sang maha yogi / kula dosa ing Hyang Manon //

jêng paduka ngruwata cintraka ulun / tiyang kêkalih puniki / sampun tobat turun pitu / botên badhe nêluh malih / durung kêna yèn samêngko //

kudu Calonarang rinuwat karuhun / payo têmokêna mami / ya ta prasamya lumaku / sêdya pêpanggih lan nyai / kang lagi mundur lungandon //

[Pangkur]

mangkana wau Nyi Rôndha / Calonarang arang-arang nèng panti / nalika iku anuju / anèng jroning pasetran / tinêdhakan Bathari Durga dhêdhawuh / hèh Calonarang dèn yitna / pakewuhmu mèh nêkani //

Hyang Durga anulya muksa / Calonarang watir akêtir-kêtir / tan dangu sang wipra rawuh / den iring Si Wêgsirsa / Si Maisawadana sami tut pungkur / Wêgsirsa matur mring rôndha / nyai kula atur uning //

punika sang panêmbahan / Maha Yogi Baradhah Lêmahtulis / sagêd ngruwat mêmala dur / o o iku sang wipra / dhuh sang wiku bagea paduka rawuh / saklangkung kapasang yogya / amba mèmalar srêdhasih //

mugi paduka ngruwata / dhatêng ulun dhuh enggal sang ayogi / hèh bok rôndha wruhanamu / sira tan bisa ruwat / lamun nora srana pêcating nyawamu / awit kêgêdhèn duraka / dosamu anggêgêdhêgi //

siranggung gawe sangsara / ulah têluh akèh wong padha mati / matimbun tambuh pinetung / mulane nora gampang / Calonarang mêksa-mêksa amêmêsu / mrusa minta rinuwata / sang wiku gèdhèg lan nyungir //

kukuh tan kêna dèn anyang / Calonarang tandya krodha mawrêdi / padoning lambe kumêdut / napas angundar-undar / mondar-mandir andik mandêng mring sang sadu / idu cupêt tibèng jaja / jwalita muntab mêtwagni //

rongèh rêringane ringas / mengas muwus winga-winga mawêngis / hèh hèh hèh Baradhah puguh / tita tan arsa ngruwat / apa kongsi sun têluh amêsthi luluh / kêsanglat prabawaningwang / sida lêbur tanpa dadi //

sira tan kulak pawarta / gilo iki Calonarang sinêkti / santak santosa gêgêdhug / anggêdhig gunung dhungkar / aja manèh kang kaya iku wandamu / sundamu môngsa ngukupa / galo dulunên wit ringin //

tak gêtake pêsthi sirna / dadi awu mawut wangwaning uwit / tandya bok rôndha anyêmbur / gurda dadi dahana / nuli lêbur ting slêbar kabur ing lesus / sang pandhita angandika / kêtogên gunamu nyai // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 41, 22 Bêsar Taun Ehe 1860, 21 Mèi 1930, Taun V

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [631] ---

Ôngka 41, 22 Bêsar Taun Ehe 1860, 21 Mèi 1930, Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Pulo Sèlèbês

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar kawontênanipun pasiraman ing Bantimurung, Makasar.

--- 632 ---

Raos Jawi

Supênan

Bab supênan ingkang kagêlar dening sadhèrèk Majanggan Prasaswa ing Kajawèn ôngka 36 kaping 3/5 '30 kapêngkêr punika, kula kapengin urun wudhu, inggih namung sajimpit, dèrèng paja-paja andungkap dhatêng kêplasipun. Ing ngajêng sadhèrèk kula Majanggan Prasaswa paring katrangan supênan punika kalêbêt gugon tuhon. Gêmbêlêngipun supênan punika dora, jalaran namung pandamêlipun utêk walaka, dados supênan punika namung gambaring pangangên-angên ingkang mêdal piyambak wancinipun tiyang tilêm, têrang dede barang-barang, liripun sanès ngalamat utawi ilapat, mila cêkaking rêmbag supênan punika rêrêngganing tilêm. Punika kula rujuk, amargi babagan punika kula: solo.

Ananging andharan wau ing ngandhap paring katrangan, bilih supênan punika wontên tigang pangkat, pangkat andhap (kasar) pangkat têngaha, sarta luhur. Miturut larapipun supênan punika: wontên tur nyata, kados sasmita, walak-walak ingkang supêna. Manawi ingkang supêna punika tiyang ingkang sampun sagêd mangrèh polahipun utêk ingkang lunjak-lunjak piyambak wau. Dados supênan punika dipun akêni wontên kanyataanipun, gumantung dhawahing supênan: kok inggih mathuk, margi katêranganipun sadhèrèk Prasaswa sajak sampun maton sadaya.

Ing mangke kula sadaya punika dumunung wontên pangkat andhap, punapa têngahan, punapa luhur, e, sanès, tiyang miturut pitêdahipun sadhèrèk wau, supênan luhur punika ingkang kagungan para panjênêngan nabi. Manawi kula sampun sagêd sumêrêp grat kula, andhap, yèn supêna, kula wangsuli piyambak, dudu barang-barang: goroh. Namung kadospundi pandumuk kula, dhatêng andhap inggiling raos, ing ngriki kula kapêksa nyuwun katrangan sakêdhik êngkas, sagêda saya gambêlang manah kula, mênggah wujud trap-trapan bab supênan. Kajawi punika kaparênga paring sêsulang minggahipun dhatêng pitêdah: perangan pundi ingkang ngajak tilêm, sarta singidan punika angslup, wontên ing pundi. Margi sajak sajakipun supênan punika pêpulêtan kalihan bab angslup punika. Kenginga kangge ngoncori katêrangan bab supênan ingkang panjênêngan karsakakên, liripun: iku impèn dora, duradasih, impèn luhur, impèn ngalamat, sapanunggilanipun. Wontênipun kula nyuwun sêsêrêpan ingkang kados makatên wau, babarpisan anggèn panjênêngan mêlasi dhatêng para ingkang taksih kalêbêt jaman pêpêtêng ing bab tanjaning supênan. Saèstunipun sagêdipun sumèlèh ing raos, manawi sampun sagêd mastani piyambak, bilih supênanipun namung: manawi badhe wontên wahana awon sagêda nyingkiri piyambak, yèn badhe manggih kabêgjan sampun ngantos mêndêm.

Ingkang punika sadèrèng sasampunipun kula ngrumiyini matur nuwun.

Sastraswara.

--- 633 ---

Bab Ringgit

Lêmbu Andini

Lêmbu Andini lulus dados titihanipun Hyang Girinata, lajêng botên dados sêsêmbahanipun tiyang malih, awit dangu-dangu pawartosipun saya sumêbar, bilih lêmbu Andini kasoran kalihan dewa, saha malah dados titihanipun.

Kala Hyang Guru ngejawantah, jêjuluk Sri Paduka Rama Mahadewa Budha, garwa Dèwi Uma tuwin titihan lêmbu Andini botên andhèrèk. Kala samantên, Dèwi Uma sakalangkung sêkêl ing galih, dening kapisah gurulaki inggih dewanipun, nanging wantuning dèwi, inggih namung dipun batos kemawon, botên katingal sêmunipun.

Ing ngriku lêmbu Andini botên kêkilapan dhatêng raos panggalihipun Dèwi Uma, lajêng matur: dhuh dèwi garwa sêsêmbahanipun tiyang sajagad, sanadyan binatosa, sêmuning netya paduka katitik manawi angêmu sungkawa, lan mênggah pun lêmbu Andini, botên kêkilapan dhatêng raosing panggalih paduka wau. Ingkang makatên punika, mugi paduka kaparêng mangandikakakên dhatêng kula, bokmanawi kula sagêd urun atur pamrayogi dhatêng sang dèwi.

Dèwi Uma rumaos lingsêm ing galih dene ngantos kawanguran wêwadosing panggalih, badhe prasaja pakèwêd, nanging sajatosipun pancèn inggih makatên, mila sang dèwi ngandika dipun samar: mokal manawa ingsun darbea cipta mangkono, ananging ora aran anèh, upama wanita tininggal ing laki susah ing ati. Nanging Andini, samubarang tindaking wanita iku mung sarwa pakewuh, upama ingsun sumusula gurulaki, cêpak olih sêsiku, dening ora pantês bangêt, ingatasing wanita sumusul ing laki tanpa tinimbalan.

Lêmbu Andini mirêng dhawuh pangandika makatên wau lajêng gumujêng kalihan matur: kaluhuran dhawuh paduka: sang dèwi, tindaking wanita punika sarwa pakèwêd, bêbasan karubyug kabotan tapih, nanging punika rak tumrap wanita limrah, ingkang namung kêbak isi sêsiku, balik paduka, tangèh manggih lêlampahan ingkang kados makatên, awit paduka dèwi garwaning dewa têtungguling dewa sadaya, kanthi nyingkiri sêsiku, tur sagêd linampahan kanthi gampil.

Jalaran saking sagêdipun lêmbu Andini, sang dèwi kapilut ing galih, wusana ngandika: kapriye mungguh pratikêlira, murih kapenak linakon.

Lêmbu Andini matur: o, punika gampil kemawon: bathari. Ing sapunika raka paduka angejawantah jumênêng nata wontên ing Mêdhangkamulan, nanging manawi paduka sumusula makatên kemawon, tamtu manggih sêsiku, lan ugi nama nguciwani sangêt, dene wanita sumusul ing kakung tanpa cêcala. Ananging bathari, kawula gadhah rekadaya makatên, paduka dadosa kakung, lajêng anjujuga tanah Jawi saha jumênêng nata, tuwin angayonana raka [ra...]

--- 634 ---

[...ka] paduka, ing ngriku tamtu dados jalaranipun pinanggih.

Sang dèwi anganggêp lêrês sangêt dhatêng pamanggihipun lêmbu Andini wau, lajêng dados kakung, dhinèrèkakên para widadari ugi sami malih jalêr sadaya, bidhal dhatêng tanah Jawi. Botên kacariyos lêlampahanipun.

Kocap lêmbu Andini ingkang taksih kantun wontên ing kahyangan, botên sumêrêp sababipun, rumaos sampun sumewa wontên ngarsanipun Sri Paduka Raja Mahadewa Budha. Dene wontênipun dumugi ing ngriku wau saking cinipta ing Sri Paduka Raja Mahadewa Budha. Lêmbu Andini sampun ngrumaosi manawi manggih sêsiku, awit Dèwi Uma sampun katingal wontên ing ngriku. Lêmbu Andini kadangu karananipun Dèwi Uma sumusul, lêmbu Andini kèndêl kemawon. Sri Paduka Raja Mahadewa Budha katingal sêmuning duka, lajêng dhawuh ngupatani, lêmbu Andini dados kaluwung, wusana lêmbu Andini muksa.

Cêcariyosan makatên punika tumrap para ahli nalar, saya malih wontênipun ing jaman sapunika, tamtu anuwuhakên gujêng. Ingkang makatên wau botên prêlu kagalih panjang-panjang, namung tinampia, bilih punika cêcariyosan ringgit, nanging tumrap panggalihanipun bôngsa Jawi, kawiyaking cêcariyosan ingkang pinanggih doranipun, punika lajêng nuwuhakên gagasan dhatêng lêbêting kajêngipun. Upaminipun kemawon Kiyai Agêng Sela nyêpêng blêdhèg. Sintên tiyang Jawi kala ing jaman dèrèng majêng ingkang botên pitados, nanging sarêng katingal doraning cariyos, lajêng katingal mênggahing kajêngipun ingkang saèstu. Bab makatên wau, sadaya namung kasumanggakakên dhatêng para maos.

Anyambêti sakêdhik, tamtunipun para maos ingkang dèrèng uninga, kagungan pandangon ing dalêm batos, Sang Hyang Guru lajêng nitih punapa, lan punapa sababipun, dene ing ringgit Hyang Guru taksih nitih lêmbu Andini. Bab punika badhe kacariyos ing Kajawèn ngajêng.

[Grafik]

Kawontênanipun rêca Bandha ingkang sakalangkung agêng ing Rangun, kitha agêng ing Burmah.

--- 635 ---

Bab Tanêman

Jarak

Mênggah wujudipun jarak punika kados para maos sampun nate ngawuningani piyambak, malah ambokmanawi sampun nate nanêm piyambak, pramila ing ngriki botên kula princi ngantos anjalimêt, namung kula pêthik saprêlunipun kemawon. Lan warni-warninipun jarak inggih botên kula têrangakên, sabab para maos sampun sagêd anggalih piyambak jarak ingkang limrah katanêm, utawi inggih sampun priksa yèn ingkang katanêm punika wijinipun sarana kaulurakên.

Ingkang kathah-kathah tiyang ingkang anjarag damêl kêbon jarak punika awis-awis, racakipun namung kaêmorakên ing tanêman ingkang witipun andhap, kados ta: kacang, gaga, kacang tunggak tuwin sanès-sanèsipun. Ananging sanajan tanêman jarak punika pananêmipun namung kanunutakên kemawon, paribasanipun namung tanêman ala nganggur, ewasamantên pamêdalipun inggih ragi lumayan, kenging kangge sumbang surunging kabêtahanipun kônca èstri, awit rêginipun jarak wose inggih botên kagolong mirah, malah kagolong awis, sabathok uwos sagêd pajêng f 0.25-f 0.35.

Lugunipun tiyang nanêm jarak ingkang namung kanunutakên punika botên nama lêpat, malah dhapur klêrêsan, awit yèn jarak punika katanêm piyambakan inggih botên kenging kakêrêpakên kadosdene tanêman sanèsipun, inggih kêdah ingkang ragi awis, prêlunipun pangipun sagêd nyrêkakah. Ing môngka yèn kaslundhingakên ing tanêman sanèsipun antawising wit sami wit inggih botên sapintêna indhakipun. Dados têrang yèn pamêdalipun mindhak, inggih punika: sapisan saking tanêman ingkang dipun nunuti, kaping kalih saking jarakipun. Pramila tiyang bilih nênanêm tanêman ingkang andhap-andhap, kadosdene: kacang ijêm, gaga sapanunggilanipun, prayogi ing antawisipun tanêman wau katanêman jarak, dados nanêm sapisan sagêd gadhah pamêdal saking tanêman kalih warni. Ing ngriki prêlu kula andharakên. Bilih nanêm jarak kanunutakên ing tanêman sanès, pananêmipun sampun ngantos ngôngsa-ôngsa, liripun sampun ngajêng-ajêng supados kathah pamêdalipun, inggih punika sarana ngêrêpakên pananêmipun, awit yèn makatên tanêman kalih-kalihipun gêsangipun lajêng botên patos sae, jarakipun suk-sukan pangipun, tanêman ingkang nunutan kaiyom-iyoman ing godhonging jarak. Wusana yèn nanêmipun makatên mêsthi namung kangelan kemawon ingkang pinanggih, pamêdalipun botên sapintêna.

Tumraping patêgilan ingkang mawi galêngan, jarak punika inggih prayogi katanêm ing sauruting galêngan. Awit ing ngriku kajawi wêwah pamêdalipun, ugi dados bibiting watak tabêri ingkang wusana anjog ing kasugihan.

--- 636 ---

Limrahipun tiyang nanêm jarak punika namung kasade wose kemawon, awis-awis ingkang nyade lisah. Ingkang makatên punika tumrap tiyang ingkang botên mangrêtos pandamêlipun lisah inggih botên dados punapa. Nanging yèn pancèn sagêd damêl, môngka botên purun anglampahi, punika kenging kawastanan tiyang ingkang ambujêng arta sasèn kalih sèn, botên ngèngêti yèn makatên punika ugi ngawontênakên kapitunan. Utawi malih inggih mracihnani bilih tiyang ingkang wêgahan, êmoh kangelan sawatawis ingkang wusana ngindhakakên pamêdal. Awit tumrap ingkang sampun sagêd damêl, ugêr purun uthêg-uthêg ing pawon inggih punika andamêl lisah saking jarak wau, sampun mêsthi ngindhakakên pamêdalipun. Inggih lêrês patrap makatên punika mindhak kangelan sakêdhik, ananing indhaking pamêdal rak sampun masthi. Rak inggih, ta. Wondene bilih wontên ingkang dèrèng sagêd damêl, awon punapa bilih kula têrangakên pisan.

[Grafik]

Pancènipun pandamêling lisah jarak punika kagolong bab pandamêlipun lisah ingkang sampun kula andharakên ing Kajawèn ôngka 33 kapêngkêr punika. Ananging sarèhning kala samantên kula kêsupèn, dados sapunika sawêg sagêd nusulakên. Mênggah rekanipun andamêl makatên:

Jarakipun rumiyin kadamêl wose, sarana kaundhug-undhug ing siti kagêbagan mawi papah. Wose wau lajêng dipun gorèng ngantos mèh gosong, dipun lèr sawatawis dangu supados asrêp, nuntên kagêntang ngantos lêmbat. Glêpung wau plikêt sangêt, pramila ingkang kangge wadhah prayogi gadêbog. Yèn sampun rampung pangglêpungipun, nuntên kacêmplungakên ing kwali, kaêngkrongakên ing pawon dipun toyani, toyanipun: yèn galêpungipun sabathok wos, toyanipun watawis 1½-2 siwur.

Panggodhogipun ragi dangu, awit mêdaling lisahipun samôngsa toyanipun asat. Yèn toya sampun asat, lisahipun lajêng mêdal, kantun nglerobi kemawon, sampun kenging kaangge saprêlunipun.

Dene gunanipun lisah jarak punika ing jaman samangke ing kitha-kitha ingkang kathah namung kangge gêmuk tuwin [tu...]

--- 637 ---

[...win] lisah colok, dene ing dhusun-dhusun kangge lisahan rambut tumrap tiyang èstri, kaabênan godhong dilêm lan mangkokan karajang, tuwin sêkar warni-warni, nuntên kagodhog. Namung ing jaman rumiyin lisah jarak punika agêng paedahipun, inggih punika kadamêl lisah, awit kala samantên lisah pèt taksih awis-awis wontênipun. Nanging tumrap jaman samangke ingkang ambêtahakên lisah jarak awis-awis.

Jaka S. Padmasumarta, Tunggur- Lembean- Parang.

Pawartos Nagari Mônca

Pulihing tata têntrêm ing tanah Arab

Sampun pintên-pintên taun wontêning pitêpanganipun Raja Ibnu Saud ing Ejas, Nèjid kalihan Raja Phesal ing Irak kirang sae, tansah darêdah botên sagêd rukun.

Para maos kados botên kêkilapan, ing tanah Arab ingkang jumênêng raja wontên pintên-pintên, satunggal-satunggalipun sami kapengin anggadhahi panguwaos ingkang agêng. Dene angên-angênipun Raja Ibnu Saud, jagading bôngsa Arab sumêdya katunggilakên murih sagêd langkung kiyat saha santosa.

[Grafik]

Gambar ingkang lênggah no.2 lan 3 Raja Ibnu Saud kalihan Raja Phesal.

Jumênêngipun Raja Phesal ing Irak kenging kawastanan awit saking panguwaos saha pangayomanipun parentah Inggris. Ing taun 1926 ingkang rama, Raja Husèn, kadhêsêk saha kalungsur saking Ejas dening Raja Ibnu Saud. Ingkang makatên wau sampun têmtu damêl gêrahing galihipun Raja Phesal, malah sampun kaping pintên-pintên mèh tuwuh dados pêrang ugi saking pambêbaluhipun kraman bosangbôngsa. Mutèr (bôngsa Wahabi) ing Nèjid ingkang tansah ambêbahak ing wêwêngkon karajan Irak sakilènipun lèpèn Ephrat. Kalampahan kraman wau kala wulan Januari sagêd kasirêp dening Raja Ibnu Saud. Sirêping kraman wau tumrap tanah Arab botên namung sirnaning kalilip ingkang mutawatosi, nanging ugi atêgês satunggiling gagaran pulihing tata têntrêm.

Gêgayutan kalihan kawigatosanipun susukan Suès, karajan Inggris sampun lami tansah ambudidaya murih saening pitêpanganipun para raja ing tanah Arab, Irak saha Mêsir. Bilih para raja wau kalampahan sagêd rukun sampun têmtu ugi [u...]

--- 638 ---

[...gi] atêgês kamênangan tumrap parentah Inggris, lêlayananipun kalihan tanah jajahanipun mêdal susukan Suès saha mêdal Irak lajêng sagêd têntrêm botên badhe nyandhung rubeda.

Kalampahan, kala tanggal 22-24 Pèbruari ingkang kapêngkêr awit saking pangathik-athikipun parentah Inggris Raja Ibnu Saud saha Raja Phesal sampun damêl pêpanggihan wontên ing kapal pêrang Lupin ing Têluk Pèrsi. Wohing pêpanggihan wau pitêpanganipun karajan kêkalih wau dados sae, lajêng manjing dados mitra.

Samangke kados sampun katingal galagatipun tanah Arab badhe saya majêng saha saya santosa. Ing Propinsi Èlhasah, sacêlakipun Têluk Pèrsi, Raja Ibnu Saud sampun andhawuhakên yasa papan anggêgana, punapadene sampun amêling mêsin mabur sakawan saking Inggris. Ing Ejas ugi tumuntên badhe kayasanan papan anggêgana.

Tumrap Raja Ibnu Saud ingkang botên kêndhat tansah ambudidaya murih tata têntrêming nagarinipun, mêsin mabur wau badhe dados satunggiling sanjata ingkang miyatani minôngka pananggulanging dahuru saha kraman.

Para maos kados sagêd anggalih piyambak, pulihing tata têntrêm ing Ejas sampun têmtu ugi badhe murakabi tumrap saindênging jagad kaislaman, jêr sabên taun ewon cacahipun tiyang ingkang jiyarah dhatêng Mêkah saha Mêdinah.

Waosan Lare

Kapatèn Obor

VII. Nagara Ora Têntrêm

[Dhandhanggula]

Kocap ratu ing nagara kuwi / ajêjuluk Prabu Naranata / gêdhe bangêt kuwasane / nagarane kasêbut / praja agung bangêt ngluwihi / murahe sandhang pangan / ananging sang prabu / panggalihe bangêt susah / gone ngêmong rayi pangeran dipati / kang durung pati yuswa //

jêjuluke Pangeran Dipati / amisuwur Pangeran Taruna / dene critane mangkene: / sugênge nata sêpuh / mung kagungan putra loro thil / karsane ingkang rama / putra loro mau / padha digêgadhang raja / dadi ora tumiba wayah ing buri / turunan saka bapa //

ing sawise kalakon saiki / pangran sêpuh wis jumênêng nata / kang anom pangran patine / ananging pangran mau / durung trima mangkono kuwi / ing panggalih kasêsa / êmung kudu-kudu / tumuli digêntosêna / dadi ratu suwe-suwe aja nganti / ing besuk prêlu apa //

ingkang raka mung sabar ing galih / ngandikani cêtha wela-wela / pangandikane mangkene: / pangran sêdyamu iku / mêsthi lulus ing têmbe buri / ingsun môngsa cidraa / manèh

--- 639 ---

wêdi dhawuh / ngandikane kang wus swarga / ora bêcik yèn ta ingsun nyulayani / dhawuhe kangjêng rama //

nanging aja kasusu ing ati / bangêt luput yèn nganti sulaya / dêlêngane bae priye / grêjêgan lan sadulur / mung rêbutan prêkara waris / tur gênah uwis cêtha / sira dadi besuk / nanging yèn bangêt kosêngka / ora bêcik dadine ing têmbe buri / uwis bêcik sabarna //

nanging mungguh Pangeran Dipati / ing panggalih ora pisan nrima / êmung tansah ngangsêg bae / saka galih kasusu / banjur nyêmbah anyuwun pamit / mênyang jaban nagara / kalakon wis mêtu / sang prabu tansah anggagas / dene têtêp kêncêng têmên bocah iki / lali mênyang wong tuwa //

malah ketok Pangeran Dipati / panggalihe sansaya andadra / ngirup uwong kana-kene / madêg baris angêpung / dalan kabèh dipêpêt wani / nganti uwong nagara / kabèh padha bingung / awit kêpêpêtan pangan / sang aprabu nuli dhêdhawuh nyang patih / kanthi karasa-rasa //

bapa patih tindakna tumuli / sisihêna lakune pangeran / aja ngêpung kutha ngene / iku rak gawe bingung / sasat mêpêt bêras lan pari / sukur yèn sira bapa / bisa atur tutur / murih pangeran elinga / gêlêm bali aja mung anguja ati / mundhak gawe rêkasa //

nanging poma aja pisan nganti / ing cilike dadi pasulayan / gawe pêpati gêdhene / patih sandika mundur / nuli dhawuh prajurit miji / kabèhe pêpilihan / Subur milu klêbu / sawise tata budhalan / alon-alon lakune angangsêg wani / ngèngsêrke sang pangeran //

mêsthi bae dadi kliru tampi / pangraosing galih sang pangeran / wong nagara mapagake / nanging kêpêksa mundur / awit bala dudu prajurit / durung wêruh ing gêlar / mung diêsuk larut / mula Pangeran Taruna / banjur mulang wong-wonge dadi prajurit / ora suwe kulina //

padha kêndêl wani anandhingi / wah dhasare prajurit anyaran / padha brai mênyang gawe / malah rada kêladuk / wani ngangsêg maju sathithik / suwe-suwe andadra / wani pêrang riwut / malah wis ana sing tiwas / kang mangkono wong nagara angaturi / nyadhong dhawuh kang cêtha //

sang aprabu mung tansah anggalih / kapenake murih linakonan / nanging pêpêt panggalihe / awit jênêng wis thukul / pêpêrangan sanadyan cilik / yèn ta dikalahana / tiwas ora wurung / nuli adhawuh kasêsa / prajurit ing nagara disantosani / aja nganti kuciwa //

barêng ana dhawuh ngono kuwi / prajurit kang padha bêbarisan / padha agêdhe atine / nuli kêndêl angêsuk / bala mungsuh mundur tumuli / maju-maju kêlaran / yèn mundur diêsur / sarèhning prajurit tuwa / saupama jago wis akothot daging / pangabruke santosa //

kang mangkono Pangeran Dipati / ing panggalih saya bangêt muntab / kaya murub paningale / dhasar pangeran iku / biyèn mula apilih tandhing / ering wong sanagara / kabèh padha têluk / ing saikine pangeran / uwis supe nuli kaparêng ngêdali / mungsuh akèh ditrajang //

bangêt rame maju mundur gênti / wong nagara ing kalane mênang / bêbarêngan surak rame / gawe muntabing mungsuh / mungsuh maju angêsuk gênti / padha abarêng surak / grêng ambata rubuh / saka gone padha kuwat / loro pisan ora ana sing ngunduri / papaning pêpêrangan //

--- 640 ---

Panglipur Manah

Sambêtipun Kajawèn nomêr 28

Pelog pathêt 6, Sêkar Rukmawati, lampah 10, pêdhotan 4, 6.

[Notasi]

Sêkar ingkang lampah 11, kawastanan Tristha lagu. Salendro pathêt 9, sêkar Lêbdajiwa lampah 11, pêdhotan: 4, 7.

[Notasi]

Pelog pathêt 6, Sêkar Brêmarawilasita, lampah 11, pêdhotan 4, 7

[Notasi]

Sadaya sêkar ingkang lampah ngalih wêlas, kawastanan Jagatilagu.

Salendro pathêt: 9, Sêkar Kusumawicitra, lampah: 12, pêdhotan: 6, 6.

[Notasi]

Pelog pathêt: 6, Sêkar Padmawicitra, lampah: 12, pêdhotan: 4, 4, 4.

[Notasi]

Pelog pathêt barang, Sêkar Sastrakusuma, lampah 12, pêdhotan 5, 7.

[Notasi]

Salendro pathêt manyura, sêkar Prawirasêmbada. Lampah 12, pêdhotan 5, 7.

[Notasi]

Pelog pathêt 6, Sêkar Jiwarêtna, lampah 12, pêdhotan 6, 6.

[Notasi]

Badhe kasambêtan, K. 4419.

--- 641 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Kasênêngan Wontên ing Batawi

V

Petruk: Kang Garèng, wis cukup anggonku nyaritakake kaanane pulo Sakit. Bab liya-liyane ora prêlu tak kandhakake nyang kowe, mundhak kalamênjingmu lerag-lèrèg munggah mêdhun bae, kaya ta: lêlinggihan ana ing kisiking sagara sinambi ngêmploki kupat sing lawuhane kompêlit, sambêl gorèng jêroan, gudhêg, rêmpah, bubuk dhêle, iwak abon, krupuk, lan ombèn-ombènane kathik banyu ès. Buahe: jêruk kêprok, jêruk bali, jêruk gulung, jambu dêr ...

Garèng: We hla, sêmbrana, nganti wêtêngku andadak pating klikik, êluhku cangkêm mili kaya banyu lèdhêng bae. Jarene ora arêp carita, jêbul-jêbul malah amêmengin uwong. Ora Truk, saka pulo Sakit, lakuning prau banjur mênyang ngêndi.

[Grafik]

Petruk: Ana ing pulo Sakit kira-kira mung ana têlung prapat jam, tumuli ambanjurake laku, yaiku praune mlaku saantarane pulo Onrês (Onrust) lan pulo Cipir (Kuiper) ing pulo loro mau ora ana sing padha mêdhun, awit kabare sadurung-durunge kudu nyuwun idi dhisik.

Garèng: Mêngko dhisik, Truk, aku tak takon. Jênêngan pulo Onrês kuwi, awit aku isih durung doyan pêdhês, aku wis krungu kabarane. Jarene wong-wong sing arêp padha munggah kaji, utawa sing mêntas padah bali saka kaji, kuwi ana ing pulo Onrês padha diudhunake, prêlu padha dipriksa ing dhoktêr, malah jarene lanang wadon padha diwudani sakrêsa-krêsa bae. Iki apa nyata Truk. Nèk pancèn nyata, rak iya: pêr ... dhi ... blêng têmênan.

Petruk: Aku bungah bangêt, Rèng. Dene ing bab kiyi kowe pitakon mênyang aku, awit ing jaman saiki kiyi ora ngêmungake pangkat bae sing bisa promosi, sanadyan pakabaran pisan iya bisa promosi, kayadene pakabaran ing bab kaanane Onrês, kuwi diundhak-undhakake, nganti wusanane sing katon mung sing ala, sing bêcik kêsilêp babarpisan. Cara ngabarake sing mangkono kuwi, rak bisa agawe sêlang-suruping liyan. Nanging mungguh sanyatane, sing kudu dipriksa dening dhoktêr ana ing pulo Onrês, kuwi ora [o...]

--- 642 ---

[...ra] ngêmungake wong-wong sing arêp munggah kaji, utawa sing mêntas têka saka kaji, nanging kabèh wong-wong sing padha nunggang kapal, sêmono kuwi yèn kawêruhan, ing sajêroning kapal ana wonge sing lara nular. Prêlune anjaga supaya larane mau aja nganti mrèmèn. Dadi kapal kaji pisan, yèn ora ana wonge sing lara nular, iya ora prêlu dipriksa ana ing pulo Onrês, dene kandhamu yèn pamriksane wong-wong kabèh padha diwudani, kuwi arane: omong kosong. Mungguh sabênêre mêngkene: wong-wong sing arêp padha dipriksa kuwi kudu salin manganggo sandhangan sing disadhiyakake ana ing kono kanggo sawatara môngsa. Sandhangane dhewe mau banjur digarap dening punggawa kono, yaiku dikumbah, digodhog, lan sapiturute, cêkake diupakara supaya yèn nganti ana lêlarane sing nular, cikbèn bisa ilang babarpisan. Sauwise sandhangane mau iya kêna dianggo manèh.

[Grafik]

Pulo Onrês

[Grafik]

Pulo Cipir (Kuiper)

Garèng: Hla, nèk ngono kuwi rak iya mèmpêr. Wong kuwi le sok dhêmên ngundhak-undhakake pakabaran, sing nganti ora mèmpêr. Aku dhewe wis tau dikabarake sing diundhaki sasayahe, nganti pikiranku bingung ora karu-karuwan. Aku kiyi mêntas mênang lotre, ning lotre pitik, hla kuwi kok banjur dikabar-kabarake, yèn aku olèh lotre irsêtêpris, dadakan banjur pirang-pirang sing padha rêkès, ana sing nawakake lêmahe dikon nuku, ana sing arêp utang, malah ana sing anjaluk tak ... ningkah.

Petruk: Wiyah, wiyah, bok aja sok gêmaib, nanging iya ora kêna dipaido, dhing, jamane saiki kiyi wong jaman phulus, sapa sing sugih phulus, iya kuwi sing kajèn kèringan. Sanadyan mung duwe sêsêbutan kenthol ngantèn, manawa pancèn sugih phulus, bêndara wadana, patih, tumêkan bupati pisan, iya bisa kalakon ngajak ... lud-ludan.

Garèng: Wis, wis, kok banjur kêplantrang-plantrang omonge. Luwih bêcik pitakonku kiyi wangsulana. Mungguhing pulo Onrês, ingatase pulo saupit ngono, apa wiwit biyèn [biyè...]

--- 643 ---

[...n] mula duwe têgês sing wigati sêmono.

Petruk: Ing jamane Kumpêni, pulo Onrês kuwi malah saya misuwur jênênge, awit kala samono pulo mau ana papan panggawening prau kang gêdhe lan papan panyimpêne piranti-pirantining pêrang, ing kono bisa andandani prau-prau sing rusak, malah nèk prêlu iya bisa gawe prau.

[Grafik]

Pulo Kelor, wontên tilas bètèng kina.

Garèng: We, hla, iya kampiane, mulabukane pulo Onrês, wiwitane duwe pambêktan Dasamuka, saikine banjur dadi drêma kusuma, kuwi kêpriye. Apa iya sabab olèh tandhing Prabu Rama saka Inggris.

Petruk: Iya mula mêngkono, ngancike abad sangalas, nagara Walônda mêmungsuhan karo Inggris, kang anjalari ing taun 1800 ambrondongi pulo Onrês, nganti omah-omahe padha rusak kabèh. Awit saka dhawuhe Tuwan Bêsar van der Capellen wiwit taun 1823-1825, omah-omah mau kadhawuhan andandani, sarta banjur digawe bingkil kapal pêrang (Marine Etablissement), lan ing taun 1856 ing kono dianani papan kanggo andandani kapal. Nanging kala samono bingkil kapal ing Surabaya tansah maju bae, jalaran saka iku pulo Onrês banjur dianggêp kayadene bingkil tulungan. Apa manèh hawane Onrês kuwi ora bêcik bangêt. Luwih-luwih barêng palabuhan Tanjungpriuk dadi, kuwi kamundurane pulo Onrês kaya disêngkakake. Wusanane banjur dadi sêpi nyênyêt. Wiwit taun 1911 pulo Onrês lan pulo sacêdhake kono, yaiku pulo Cipir (Kuiper) dipigunakake kaya kaanane saiki kiyi.

Garèng: Trima kasih têrbanyak-banyak, Truk, dene kowe wis ngandharake kaanane pulo Onrês nganti dowi lan gamblang mangkono. Saiki banjurna caritamu le lêlayaran. Apa ana manèh pulo sing kok udhuni.

Petruk: Sauwise kêkitêr ana ing sadhuwure banyu kira-kira sajam, ngliwati Pulo Kelor, praune banjur mandhêg ana ing sacêdhaking pulo, yaiku sing diarani pulo Edham, wong pribumi anggone ngarani pulo mau, pulo Damar Bêsar. Bab kiyi liya dina bae dak caritani.

--- 644 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah

Pambirating punalêsangsi.

Aneta angsal pawartos Kantoor van Arbeid sampun ngaturakên usul-usulipun dhatêng parentah ing bab pambirating punalêsangsi saking sakêdhik. Dèrèng dangu Tuwan Mr. Einthoven sampun pangkat dhatêng Nèdêrlan kadhawuhan anggênahakên usul-usul wau dhatêng paduka ministêr jajahan murih sagêd tumuntên rampung. Gêgayutan kalihan wontênipun ewah-ewahan awit saking adpisipun Permanente Arbeis Commissie Tuwan Einthoven ugi sampun kaparingan uninga ing bab wau sarana tilgram. Usul-usul wau sasampunipun karêmbag wontên ing rad Indhia lajêng badhe kalajêngakên dhatêng rad kawula.

Pèlpulisi tumrap Bali

Miturut kabar Aneta, bilih botên wontên alanganipun, wontênipun militèr ing Bali wulan ngajêng punika badhe saèstu kasantunan pèlpulisi. Salêbêtipun wulan Juni saha Juli ngajêng punika saking tanah Jawi badhe kaangkatakên pèlpulisi sawatawis bragada dhatêng Bali, kanthi tuntunanipun Tuwan de Jong, tilas opsir, samangke wontên ing Lampung. Sakawit ewah-ewahan wau badhe katindakakên ing Dhènpasar. Ing ngriku badhe kawontênakên panjagenan pèlpulisi tiyang 60.

Radèn Cakradibrata, up rêdhaktur Bale Pustaka.

Jalaran kêrêp sakit, saha miturut papriksanipun dhoktêr sampun botên kiyat nindakakên padamêlanipun, dèrèng dangu Radèn Cakradibrata, up rêdhaktur Bale Pustaka, kalerehan saking kalênggahanipun kanthi urmat saha badhe angsal pènsiun. Tuwan Cakradibrata wau kagolong salah satunggiling punggawa Bale Pustaka ingkang sêpuh piyambak, wiwit Bale Pustaka taksih gumana ngantos dados agêng. Botên langkung mugi panjênênganipun ginanjara katêntrêman saha kawilujêngan anartanana ing sadayanipun.

Lotre enggal.

Wiwit dintên Sênèn tanggal 19 Mèi punika Ned. Ind. Escompto Mij. sampun wiwit nyade lot-lot lotre enggal kangge Bataviaasch Kinderziekenhuis tuwin sanès-sanèsipun.

Pananggulang malariah ing Prabalingga.

Dèrèng dangu Tuwan Dr. Overbeek saking pakaryan pananggulang sêsakit malariah sampun rawuh ing Prabalingga. Kanthi tuwan bêrgêmèstêr saha pangagênging pakaryan gêmintê panjênênganipun sampun papriksa dhatêng pasisir ing sisih lèr wetan ingkang dados têlênging sêsakit malariah. Samangke sawêg karêmbag pranatan-pranatan ingkang prêlu katindakakên.

Rêsèpsi ing kraton Surakarta.

Gêgayutan kalihan rawuhipun Paduka Tuwan Pisê Admiral Ten Broecke Hoekstra mrêtamu dhatêng Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ing Surakarta tanggal 21 Mêi punika ing kraton kawontênakên rêsèpsi.

Sêsakit bèri-bèri ing Madura.

Saking Madura sisih kilèn kawartosakên kanthi opisil, bilih wontênipun pagêblug bèri-bèri ing ngrika kenging kawastanan sampun sirêp, namung kantun tiyang 38 ingkang taksih nandhang sakit saha kausadanan tablèt pitaminê tuwin kacang ijêm.

Ingkang Bupati ing Bandhung.

Gêgayutan kalihan panyuwunanipun ingkang bupati ing Bandhung R.A.A. Wiranatakusuma anggènipun badhe lèrèh saking kalênggahanipun, dèrèng dangu Tuwan Gobee, parampara prakawis tiyang siti, sampun tindak dhatêng Bandhung prêlu wawan rêmbag kalihan ingkang bupati supados anggènipun badhe lèrèh kasumênèkakên dumugi môngsa ingkang katêmtokakên.

Petangan cacah jiwa.

Kala tanggal 14 saha 15 Mèi ingkang kapêngkêr para panuntuning petangan cacah jiwa tumrap gêwès-gêwès ing tanah sabrang sami kêmpal wontên ing kantor sentral sêtatistik ing Wèltêprèdhên, prêlu katêrangan ing bab caranipun anacahakên jiwa. Salêbêtipun minggu punika kawontênakên kêmpalan malih tumrap para panuntun ing tanah Jawi saha Madura.

Sampun kalampahan kacobi kawontênakên petangan ing wêwêngkon ingkang cacah jiwanipun watawis wontên 125.000, têtela tumindakipun sae, badhe mitayani kaêtrapakên tumrap saindênging tanah Indhonesiah.

Salêbêtipun saminggu dumugi tanggal 5 Oktobêr badhe katindakakên petangan periodhik (petangan samôngsa) tanggal 7 Oktobêr badhe katindakakên malih petangan momèn (petangan satungkulan), ing ngriku satunggal-satunggalipun tiyang kêdah mratelakakên wontênipun ewah-ewahan cacahing brayatipun salêbêtipun kalih dintên wau. Ingkang makatên wau têtiyang katêdha, sasagêd-sagêd supados botên kesah-kesah saking griya. Ing môngsa wau botên badhe kawontênakên pasar malêm tuwin sanès-sanèsipun.

Mirid talitining dhapukan caranipun anacahakên jiwa, sampun têmtu badhe sagêd kasumêrêpan kanthi patitis mênggahing cacah jiwanipun tanah Indhonesiah, punapadene mênggahing pakaryan, agami tuwin sapanunggilanipun.

--- 645 ---

Dhawahing kabêgjan.

Kawartosakên, ingkang kadhawahan pris 10,000 rupiyah lotre agêng ingkang nêmbe kagêbag punika, inggih punika tiyang nama Suma, satunggiling rêsèrsir P.I.D. ing Priyangan ingkang tumbasipun bathon kalihan kancanipun tunggil damêl tiyang sanga.

Bôndha pangudi raharja.

Ing Kêbumèn sampun kabangun satunggiling pakêmpalan krèdhit kopêrasi, anama: Bôndha Pangudi Raharja. Pakêmpalan wau wontêning pawitanipun saking andhil-andhilipun para ingkang sami angêdêgakên, tumrap satunggal-satunggalipun botên kenging kirang saking 10 andhil ingkang gangsal rupiyah. Arta ingkang kasambutakên badhe kawêdalakên kanthi nicil salêbêtipun 10 wulan mawi sarêman 1½%. Mênggah ingkang dados pangrèhipun inggih punika Tuwan Susanta Tirtapraja minôngka pangarsa saha Tuwan Atmadimêja minôngka agèn. Benjing wulan Juni ngajêng punika badhe wiwit ngêdalakên andhil.

Asiah

Ebah-ebahan ing Indhia Inggris

Darsanah, 15 Mèi (Aneta-Reuter). Minôngka pananggulang wontênipun satya-groha (mogok ambêguguk) pulisi kados sumêdya nindakakên satya-groha ugi tumuju dhatêng para ingkang sami tumut ebah-ebahan mogok ambêguguk ingkang samangke katuntun dening Nyonyah Naidhu.

Sarêng ing dintên wau têtiyang sami bidhal sumêdya anêmpuh gudhang sarêm, sadaya kinêpang dening pulisi, ananging botên kaganggu damêl.

Naidhu mopo botên purun wangsul, lajêng andhawuhakên dhatêng para pandhèrèkipun supados sami kèndêl wontên ing margi.

Sadintên muput Nyonyah Naidhu saha pandhèrèkipun kèndêl ing sakubênging papan-papan kangge damêl sarêm, kinêpang dening pulisi, botên ngombe botên nêdha, kasambi omong-omong saha ngantih.

Bulsar, 16 Mèi (Aneta-Reuter). Nyonyah Kaidhu kacêpêng, nanging sawêdalipun saking barisan pulisi lajêng kamardikakakên malih.

Pambudidayanipun All-India Congress

Alahabad, 16 Mèi (Spec. B.N.). Kumisi All-India Congress sampun mupakat sumêdya ngemutakên dhatêng sadaya têtiyang supados sami ambudidaya sakiyat-kiyatipun kangge anggayuh ingkang dados sêdyanipun, punapadene ngêmên-êmênakên anggènipun mangun yuda salêbêtipun Sang Gandi taksih kinunjara. Makatên ugi badhe kawontênakên aksi pananggulang paos, saha wontênipun aksi pananggulang monopoli sarêm tuwin inuman kêras punapadene pambekoting badan-badan padagangan, Inggris badhe katindakakên langkung kêncêng.

Padagangan tiyang èstri.

Genève, 15 Mèi (Aneta). Rad Polkênbon sampun mupakat sumêdya nitipriksa wontênipun padagangan tiyang èstri ing tanah wetanan. Waragad badhe kasanggi dening Amerikaansch bureau voor sociale hygiene (pakaryan ingkang anuju dhatêng kasarasan umum). Mênggah wontênipun kumisi wau inggih punika tiyang ahli tiga, satunggal bôngsa Pèrsi, satunggal bôngsa Inggris, satunggal bôngsa Jêpan, badhe katuding dening warganing Rad Pollênbon.Polkênbon. Pangkatipun benjing awalipun wulan Sèptèmbêr ngajêng punika saha badhe mrêtamu dhatêng nagari-nagari ingkang sampun suka palilah.

Prêjanjian kalihan Pêrancis.

Nanking, 16 Mèi (Spec. B.N.). Wontênipun prêjanjian padagangan antawisipun Tiongkok, Pêrancis saha Indhocina ing dintên wau sampun katandhanan dening Dr. L.T. Wang, ministêr Tiongkok prakawis sajawining praja, saha Domien J.A.Ch. Comte de Martel, utusan Pêrancis ing Tiongkok.

Eropah

Pambekotan ing Indhia.

Londhon, 14 Mèi (Aneta-Radio). Gêgayutan kalihan wontênipun pambekotan ing Indhia salêbêtipun wulan April ingkang kapêngkêr wontênipun barang tênunan ingkang kakintunakên mêdal suda langkung saking 4 yuta ponsêtèrling (1 ponsêtèrling = ± 12 rupiyah) katimbang kalihan ing taun 1929.

Ingkang bupati ing Bangkalan.

Aneta martosakên saking 's Gravenhage bilih ingkang bupati ing Bangkalan miturut pratelanipun Nederlandsch-Indonesisch Verbond sampun lumêbêt dados warga pakêmpalan kasêbut nginggil.

Pawartos saking Administrasi

Toko buku S.M. Diwarna Kotagêdhe. Nomêr-nomêripun 5 lêngganan inggih punika: 3537, 3638, 3543, 3545 sarta 3553.

Lêngganan nomêr 1944 ing Surabaya. Tuwan Arjapuspita ing Sawangan sampun kalêbêtakên dados lêngganan wiwit 1 Juni 1930.

Lêngganan nomêr 3720 ing Wanagiri. Botên sagêd, jalaran nomêr April sampun têlas. Amila kapetang wiwit 15 Mèi. Adrès sampun kalêrêsakên.

Lêngganan nomêr 1874 ing Gregol Kauman. Kajawèn ajêg kakintun, nomêr pintên ingkang dèrèng katampi.

Lêngganan nomêr 1023 ing Majarata. Bab punika botên dados punapa. 1 saking 5, salah satunggil gratis.

--- 646 ---

Wêwaosan

Cariyos Calonarang

Babon saking basa Kawi, kajarwakakên mawi sêkar macapat, dening Radèn Wiradat ing Surakarta.

8

[Dhandhanggula]

larung sami kula damêl cantrik / mawiku wikan wêngkoning weda / mandêng mungkul sami salèh / sang nata ngandika rum / amaripih èsmu kapengin / dhuh rama wiku wara / warahên pun ulun / lampahing kayogiswaran / weda darma supados dados pangudi / widadaning dêlahan //

mila mangke rama sang maharsi / sarênga kula dhumatêng praja / anggèr mugi dipun sarèh / ing wingking ulun nusul / dèrèng sagêd mangke umiring / sawêg anggêlak karya / inggih damêl rabut / sang nata mituhu sabda / lan dhêdhawuh dhatêng sang anindya mantri / kinèn nyamêktanana //

bôndha beya bau suku saking / ing nagara aja kêkurangan / kang tinanggênah ing gawe / Kandhuruhan puniku / mangastuti ingkang sinung ling / ya ta wus sawatara / sri natarsa kondur / atata untaping lampah / datan pae lan duk rawuh wau enjing / tan dangu nuli budhal //

tan winarna kondure sang aji / laju jumujug sajroning pura / sêsowangan pra pandhèrèk / ngaso wus sami mantuk / caritane dipun wangsuli / ya ta rabut ing Girah / samana wus rampung / marma Sang Êmpu Baradhah / arsa marak marang Sri Natèng Kadhiri / mangkana sampun mangkat //

sri bupati wus tampi pawarti / karsa mapag lêbête sang wipra / mring jawi kitha sakèthèng / kathah wadya anggrubyug / samana wus papagan panggih / lêrêm ing sawatara / lajêng wangsul kondur / kerid sang Êmpu Baradhah / sri narendra dahat noraga malat sih / ya ta wus praptèng pura //

sang pandhita lênggah kursi gadhing / Sri Èrlangga lênggah ing ngiringan / tansah ngrêrêpa ngrêpèpèh / kalangkung sugun-sugun / sru sumanggêm sasat sumunggi / sagung suguh siyaga / sinumanggèng kayun / yayah liningga bathara / pra kawula kalulun mèlu malatsih / marang Êmpu Baradhah //

sami kèdhêp ngadhêp kêthip-kêthip / ya ta wau sang nata ngandika / linut ing pamulat sumèh / dhuh rama sang awiku / kula èstu nyuwun pêparing / pamulang weda darma / ing supadosipun / dados sapuning tyas murka / ingkang nama pôncawisayaning budi / drêmba weya angkara //

srèi cêthil lan sêngsêming ngèksi / pamiyarsa pangrasa panggônda / panggrayang kang damêl slèwèng / dhatêng naraka limut / kantun watak wêlas lan asih / santi santa santosa / satatambêg ayu / mêmayu ngèlmi minulya / yèn maluya laya malaya ing benjing / murih jati sampurna //

tuwin pintên sarating mêjani / agêng alitipun punang sarat / mirêng kula sanès-sanès / inggih anggèr sang prabu / botên kêdah mawi mêjani / sok ugi mituhua / mantêp anggêguru / bêkti nurut pinarentah / nadyan bêntèr gêmamplêng jawah wor angin / yèn kinèn kêdah mangkat //

dene undha-usuking mêjani / wontên utami madya lan nistha / inggih lêrês mawi princèn / makatên wijangipun / sèwu langkung nêm atus ringgit / punika petang nistha / madya kawan èwu / wolung èwu yèn utama / utamining utami ngantos dumugi / wolung dasèwu reyal //

manawi sampun mawi mêjani / kenging botên mituhu parentah / nanging ingkang sangêt sae / bêkti mantêp mituhu / tur ta mawi arta mêjani / sang nata angandika / rama mahawiku / kula ngangge sarat arta / ingkang wolung èwu kemawon rumiyin / ing benjing gampil wêwah //

inggih anggèr kalangkung prayogi / kajawi bab mêjani punika / malih kêdah mawi sajèn / lan sêdhah pitu likur / ingênjêtan tinrap ing bèri / mawi cagak kancana / mirah pucukipun / tuwin sêkar urap-urap / kang pun damêl êmas salaka ginunting / rineka sêsêkaran //

miwah uwos jêne mirah abrit / yèn sampun makatên jêng paduka / têmbe sagêd kinabêktèn / ing bawana sumuyut / môngga anggèr kula aturi / lajêng sirama jamas / lawan kangjêng ratu / dhawuha damêl pajangan / langse sutra rinênggaa ingkang adi / kangge ênggèn pamêjang //

sri narendra enggal dhawuh ngrakit / sarat miwah kanthil pêpajangan / sampêt sakèh ubarampe / sang prabu wusnya gêbyur / sakalihan sang pramèswari / mapan mring pêpajangan / winêjang sang wiku / ing ngèlmu kayogiswaran / lawan garwa pramèswari wus winisik / wêwarah kasampurnan //

sri bupati dèn usap-usapi / kêmbang sajèn ping têlu wus purna / sang wiku guru wuwuse / hèh anakku sang prabu / sira mêngko ingsun salini / arana jatiningrat / kalawan garwamu / nuhun risang tampi sabda / tandya guru Baradhah mêmulang malih / wijanging pra pandhita //

wiku praja desa wana wukir / grêhastana miwah wanapastra / biksu brahmacari kabèh / grêhastana puniku / wiku wênang rabi sêsiwi / wanapastra punika / wiku kang dêdunung / anèng ngalas talusupan / kang pinangan sukêt godhong sulur usit / angrênggut cara kewan //

biksu iku wênang mangan daging / laki rabi miwah omah-omah / anjêjamah tindak rèmèh / srawungan ngingu batur / patrap lumrah kêna nglakoni / aja kongsi cinêgah / brahmacari iku / yaiku pandhita wadat / ana patang pangkat ingkang brahmacari / suka miwah tan trêsna //

sawala lan têmên patang warni / suka iku wiwit bayi mula / durung tau ngrasakake / pangan kang lumrah iku / ajar ngèlmu duk saking cilik / dene ingkang tan trêsna / kang kapencut ngèlmu / nuli ninggal sanak kadang / anak bojo tega tan ana tinolih / dene ingkang sawala // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 44, 2 Sura Taun Jimawal 1861, 31 Mèi 1930, Taun V

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [679] ---

Ôngka 44, 2 Sura Taun Jimawal 1861, 31 Mèi 1930, Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Tanah Arab

[Grafik]

Gambar nginggil punika kawontênanipun kitha Taizz ing nagari Yèmèn, tanah Arab sisih kidul.

--- 680 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja, Ind. Arts ing Kudus

Blindedarm-ontsteking

Têtêdhan ingkang sampun lêmbat ajur punika anjog wontên ing wadhuk, lajêng lumêbêt ing usus alus, salajêngipun langkung ing usus kandêl. Usus kandêl punika dumunungipun wontên ing peranganing wêtêng nglêbêt sisih têngên ngandhap, sumèlèh ing balung cêthik têngên, jalaran saking wontêning usus kandêl wau ing perangan pucukipun buntu, mila dipun wastani usus buntu (blindedarm). Ing pucukipun usus kandêl punika wontên èmbèl-èmbèlipun wujud saèmpêr kadosdene cacing, agêngipun sami potlot utawi cacing tiyang ingkang agêng, panjangipun kirang langkung 10 cm., ing nglêbêt èmbèl-èmbèl wau wontên urung-urung utawi pipa watawis 5-7 c.m. ingkang sambêt kalihan usus kandêl, dene perangan èmbèl-èmbèl sanèsipun buntu. Pipa èmbèl-èmbèl wau kothong botên isi punapa-punapa lan saubêngipun pipa ing nglêbêt daging. Dhasaring kêndhanganipun sami kalihan daging kêndhangan ing lak-lakan. Èmbèl-èmbèl saha usus kandêl wau kabungkus dados satunggal dening daging kêndhangan wêtêng.

Gunanipun èmbèl-èmbèl wau tumrap tiyang gêsang botên wontên, malah manawi kenging ing sêsakit, sagêd ambêbayani. Tandhanipun manawi tiyang gêsang dipun bêdhèl dipun icali èmbèl-èmbèlipun wau botên andadosakên ewah kasarasaning badanipun.

Kasêbut ing nginggil èmbèl-èmbèl punika asring kenging ing sêsakit (blindedarm-onsteking) sajatosipun nama blindedarm-onsteking punika botên lêrês, awit ingkang sakit èmbèl-èmbèlipun, sanès ususipun buntu.

Sêsakit inpguensahinpluensah. tuwin sakit ing lak-lakan, basilipun sagêd katut ing êrah dumugi ing èmbèl-èmbèl wau saha sagêd anjalari thukuling wudun utawi abuh ing ngriku. Manawi ambêbucal botên ajêg utawi angèl, jalaran kaalangan sêsukêr ingkang mandhêg dados atos. Krêmi utawi cacing-cacing ingkang mandhêg utawi kêmpal ing ngriku, isi jambu kluthuk lan sapanunggilanipun, ingkang kasasar utawi kalêbêt ing pipa èmbèl-èmbèl wau, sadaya sagêd nukulakên sêsakit abuh ing èmbèl-èmbèl.

Ingkang sakit andadak sakit wêtêng, mulês ing saubêngipun pusêr utawi ing wadhuk, antawis dintên kraos sakit ing perangan wêtêng ngandhap têngên, langkung-langkung manawi kagrayang ing panggenan ingkang sakit, katawis mrongkol utawi atos, agêngipun sakêmiri, sagêd ugi sami tigan ayam utawi langkung. Badan bêntèr, ambêgan saha kêtêg ugêl-ugêl lampahipun rikat. Ênêk, trêkadhang mawi nuntak. Adat botên ajêg utawi angèl anggènipun ambêbucal, nguyuh sok kraos sakit, otot-otot daging ing sisih têngên saubêngipun perangan wêtêng ngandhap: kêncêng. (KadheBadhe. kasambêtan)

--- 681 ---

Wawasan Nagari Mônca

Ebah-ebahan ing Pilipinah

Para ingkang sami anggatosakên kawontênan-kawontênan pulitik ing tanah wetanan sampun têmtu botên kêkilapan bilih wontênipun ing tanah-tanah jajahan, ing Indhonesiah, ing Mêsir, ing Indhia Inggris, punapadene ing Pilipinah, saya dangu saya adrêng saha saya gumathok anggènipun sami angudi dhatêng kamardikan.

Mênggahing Pilipinah punika cacah jiwanipun sadaya watawis wontên 9 yuta, ingkang kathah sami agami Rum Katolik.

Miturut babad pulo-pulo Pilipinah punika nalika mêkar-mêkaripun karajan Majapait sabagian kabawah ing karajan wau.

Ing taun 1521 pulo-pulo wau kasumêrêpan dening Fernando Magelhaen, satunggiling bôngsa Portêgis, salajêngipun ing taun 1570 dhawah ing panguwaosipun karajan Sêpanyol ngantos dumugi taun 1898.

Tancêping panguwaosipun karajan Sêpanyol ing Pilipinah sanadyan kenging kawastanan atêgês kamajêngan tumrap têtiyang siti, kados ta ing bab pangajaran tuwin sapanunggilanipun, nanging bawanipun kaêrèh ing panguwaos mônca, ugi lajêng tuwuh karêntêging manah sumêdya angudi dhatêng kamardikan.

Wontênipun ebah-ebahan kamardikan ing Pilipinah watawis ing taun 1890, katuntun dening José Rizal, sawatawis taun malih inggih punika ing taun 1896 kacêpêng saha kinisas dening têtiyang Sêpanyol. Sarêng makatên ing sawatawis panggenan lajêng tuwuh kraman, ingkang dados panuntunipun inggih punika Aguinaldo.

Nalika samantên karajan Sêpanyol mêmêngsahan kalihan Amerikah lèr. Senapatining wadyabala Amerikah, Admiral Dervey lajêng minta sraya dhatêng Aguinaldo. Kalampahan, panguwaos Sêpanyol sagêd kaêndhihakên, nanging sarêng makatên, Amerikah lajêng botên purun anglulusakên kamardikaning Pilipinah, panguwaos badhe kacêpêng piyambak.

Awratipun badhe ambujêng dhatêng kamardikan Aguinaldo lajêng gêntos ajêng-ajêngan kalihan mêngsah ingkang langkung kiyat saha langkung santosa. Wasana ing taun 1901 Aguinaldo kacêpêng, wontênipun kraman ugi lajêng sirêp. Inggih wiwit titimôngsa wau tancêping panguwaosipun Amerikah ing Pilipinah.

Kanthi tuntunanipun Amerikah kathah sangêt ewah-ewahan ingkang katindakakên kangge angajêngakên têtiyang siti, ing taun 1904 kawontênakên satunggiling badan pamarentah ingkang kawastanan Philippine Assembly. Ingkang kawisudha jumênêng pangarsa inggih punika Sergio Osmena, panuntuning parte kabangsan ing Pilipinah.

Wasana ing wulan Agustus 1916 kapatêdhan parentah mandhiri, katêtêpakên wontên ing Jones Act. Wontênipun parentah mandhiri wau kenging kagrêba: [ka...]

--- 682 ---

[...grêba:] tumindaking pamarentah kapasrahakên dhatêng tiyang siti kaayoman dening parentah Amerikah. Kados ing Amerikah ing Pilipinah ugi kawontênakên badan pamarentah kalih, inggih punika Lagerhuis saha Senaat. Ingkang kapilih minôngka pangarsaning Lagerhuis inggih punika Sergio Osmena, dene Manuel Gurzon minôngka pangarsaning Senaat.

[Grafik]

Pakaryan babagan kajêng, ingkang katindakakên dening para murid têtanèn ing Pilipinah.

Ewasamantên bôngsa Pilipinah botên kêndhat tansah angudi dhatêng sampurnaning kamardikan, kados ingkang kasêbut ing kabar kawat, bôngsa Pilipinah sampun ngintunakên satunggiling utusan kanthi tuntunanipun sang sarjana Roxas saha Somulong prêlu damêl propagandhah saha wawan rêmbag kalihan parentah Amerikah ing bab kamardikanipun Pilipinah.

Para maos kados sagêd anggalih piyambak, bab punika satunggiling prakawis ingkang sakalangkung wigatos, botên namung tumrap Pilipinah kemawon, ugi tumrap Amerikah. Nalika pangkatipun dhatêng Amerikah Somulong sampun ngemutakên dhatêng têtiyang Pilipinah ingkang wosipun: supados têtêp anggènipun mangun yuda anuju dhatêng kamardikan. Miturut pamawasipun satunggiling bôngsa Amerikah ahli dagang, bilih Pilipinah samangke kamardikakakên, sampun têmtu badhe atêgês karisakaning ekonominipun. [ekonomini...]

--- 683 ---

[...pun.]

Lan malih bilih Pilipinah kalampahan pêthal kalihan Amerikah wontênipun gêndhis saking Pilipinah badhe botên sagêd lêlawanan kalihan gêndhis saking tanah Jawi ingkang langkung mirah, badhe kenging beya kados gêndhis saking tanah Jawi, wêkasanipun badhe botên sagêd kasade wontên ing Amerikah. Kajawi punika wontênipun indhustri gêndhis ing pulo Hawai ugi badhe pêjah, jêr kalih pratiganing punggawanipun inggih punika bôngsa Pilipinah (pulo Hawai punibapunika. kalêbêt jajahan Amerikah ugi).

Makatên mênggah kawontênanipun samangke ing Pilipinah. Kadospundi badhe wohing pirêmbaganipun utusan Pilipinah kalihan parentah Amerikah prayogi kasarantosakên kemawon.

Bab Ringgit

Dèwi Uma

Sambêtipun Kajawèn nomêr 43

Cariyos Dèwi Uma ing Kajawèn nomêr 43 dumugi nalika têtiyang ingkang nêmbah ulam tirbah santun sami manêmbah dhatêng Hyang Guru, nanging ugi taksih wontên ingkang sêmang-sêmang ing panêmbahipun, satêmah sami nyatakakên sami sowan ulam tirbah, ingkang sami sowan wau sawênèhing nata tuwin juragan Umaran tuwin têtiyang sanès-sanèsipun, nanging sadumugining pinggir rawa, ulam tibah mêksa botên ngatingal.

Ing ngriku Sang Hyang Guru botên kasamaran dhatêng kajêngipun têtiyang ingkang sami mriku punika, wusana lajêng angrawuhi. Sang Hyang Guru lajêng ngandika kathah-kathah ing bab kalintuning panêmbahipun têtiyang wau sadaya, saha lajêng sagêd manggihakên tôndha yêkti, ingkang nuwuhakên piandêling ngakathah. Nanging tumrap juragan Umaran, ing manah ugi dèrèng mantêp yêktos, mila gadhah atur: Dhuh dewaning jagad, sêsêmbahanipun manusa sadaya, kawula pitados saha sumungkêm ing paduka, ananging kawula kaparênga nyuwun tôndha saksi purbawisesa tuwan.

Sang Hyang Guru mèsêm kalihan angandika: He Umaran, sira iku têrahing linuwih, biyèn sira duwe anak wadon aran Umayi, ananging nalika samana lunga atinggal praja, sira ora sumurup ana ing ngêndi dununge. Nanging jalaran saka kamurahan ingsun, anakira iku bakal katêmu. Sasampunipun makatên, Hyang Jagadnata lajêng nyipta ruwatipun ulam tirbah, murih wangsul dados manungsa malih. Ing sanalika ngriku ulam tirbah mancolot saking rawa lajêng dados tiyang malih, saha lajêng sujud dhatêng Sang Hyang Guru. Sang Hyang Guru lajêng ngandika: He, Umaran, iki apa dudu anakira Si Umayi.

Ing sanalika ngriku juragan Umaran botên pangling, lajêng anjêlèh kalihan ngrangkul tuwin wicantên: Aku ora ngira babarpisan yèn katêmu karo kowe [ko...]

--- 684 ---

[...we] ênggèr, aku nganti samar, apa kowe iku anakku Si Umayi têmênan. Dangu-dangu juragan Umaran botên kasamaran yêktos, lajêng matur dhatêng Hyang Guru, bilih punika anakipun saèstu.

Hyang Guru lajêng mangandikakakên lêlampahanipun Umayi sadaya, wiwit kalanipun kesah ngantos dumugi babaripun dados tiyang malih. Sadaya sami ngungun. Sang Hyang Guru lajêng ngandika malih: Anakira Si Umayi iki prayoga dadi sêsêmbahaning wong, amarga anggone kapati tapa mung nêdya supaya bisa kagarwa pangeraning jagad, sarèhning anakira mantêp ing sêdyane, ingsun iya anjurungi. Juragan Umaran sampun nyandhak ing karsanipun Sang Hyang Manikmaya.

Sang Hyang Manikmaya lajêng nitih Lêmbu Andini mumbul ing gêgana, Dèwi Umayi kabêkta. Lajêng kagarwa, ugi karan Dèwi Uma. Lajêng pêputra Bathara Sambu, Bathara Brama, Bathara Endra, Bathara Bayu. Sasampunipun pêputra sakawan wau, lajêng pêputra malih ingkang tumitahipun bineda kalihan putra ingkang sampun-sampun, inggih punika Bathara Wisnu.

Ing ngajêng sampun kacariyosakên, nalika Sang Hyang Guru angejawantah jumênêng nata jêjuluk Sri Padukaraja Mahadewa Budha, ingkang garwa katilar. Dèwi Uma lajêng dados kakung, nusul ingkang raka. Sarêng dados kakung jêjuluk Sri Maha Bathara Rajadurga, jumênêng nata wontên ing Mêdhangkamulan tilas kithanipun Sri Padukaraja Dewa Budha. Sajumênêngipun nata ngirup têtiyang sanès nagari, kathah ingkang sami nungkul, jalaran saking sami kasoran prabawa.

Dangu-dangu kamirêngan ing Sri Padukaraja Mahadewa Budha, lajêng utusan wadya kadhawuhan anglurugi, nanging sarêng campuh pêrang, wadyabalanipun Sri Padukaraja Mahadewa Budha sami kasoran. Kalampahan Sri Padukaraja Mahadewa Budha angrawuhi piyambak, lajêng pêrang sakalangkung rame, gênkosgêntos. unggul gêntos kalindhih. Dangu-dangu Sri Maha Bathara Rajadurga kenging prabawa lajêng dados èstri malih. Sang putri sarêng sampun sajarwa sakathahing lêlampahan ngantos dumugi nusulipun punika lajêng kabêkta kondur angadhaton, saha kaêlih nama Bathari Mahèswari Parwati.

Ing têmbe sang putri botên lulus anggènipun kagarwa ing Hyang Guru, amargi kasiku anggèning ngupatani ingkang raka ngantos anêmahi sêsiyung, utawi jalaran Hyang Guru ngantos pêputra Kala. Nanging anggèning botên tulus kagarwa wau namung wadhangipunwadhagipun. kemawon, alusipun taksih lêstantun, wadhagipun lajêng kagarwa Hyang Kala. Nama Bathari Durga.

Mirid cariyos padhalangan, Bathari Durga punika angadhaton wontên ing Setra Gôndamayi, limrahipun tansah anjurungi dhatêng para lampah cidra. Kados ta ingkang pinanggih wontên ing lêlampahan Endhang Wrêdiningsih, anggèning Radèn Prêmadi kadadosakên èstri, jalaran badhe lampah cidra, makatên ugi lampahan Sumbadra Larung, Radèn Burisrawa pinaringan kasaktèn linangkung, ugi jalaran badhe lampah cidra, tuwin sanès-sanèsipun.

--- 685 ---

Cariyos Kina

Aslinipun Sarêm Tampêr (Plêtuk)

Ing bawah dhistrik Kradenan (Purwadadi) kathah sangêt tiyang ingkang andamêl sarêm tampêr, inggih punika: ing dhusun Crèwèk, Banjarmêndhikil, lan ing Kuwu (Blêdhug).

Pangupajiwanipun tiyang ing ngriku, inggih sami andamêl sarêm tampêr, dene pamêndhêtipun sarêm tampêr punika, botên mêndhêt saking toya sagantên, ananging mêndhêt saking êmbêl (êndhut).

Ing dhusun ingkang kasêbut ing nginggil wau, satunggal-satunggaling dhusun ngriku, wontên ara-aranipun bênthak, inggih punika ingkang mêdal êmbêlipun ngantos pintên-pintên bau.

Wontênipun ing ngriku amujudakên siti ingkang kados makatên wau, mulabukanipun makatên: saking cêcriyosanipun tiyang ing ngriku, nalika panjênênganipun Sang Prabu Jaka, inggih punika Sang Ajisaka, ingkang angêdhaton wontên ing Mêdhangkamulan.

Ing nalika samantên, sang prabu kalêrês dipun sowani ingkang putra, nanging kang putra punika botên awujud manungsa, inggih punika awujud sawêr, kalangkung agêng, dening mripatipun kadosdene srêngenge kêmbar, anyrêmomong, awasta pun Jaka Linglung.

Rèhning panggalihipun sang prabu ragi pakèwêd, badhe kaakên kadospundi, botên kaakên kadospundi, manawi botên kaakên, bokmanawi pun Jaka Linglung ambêbayani, manawi kaakên, sang prabu lingsêm sangêt, ingatasipun ratu kagungan putra wujud sawêr agêng.

Sang prabu lajêng kagungan panggalih, badhe nyirnakakên ingkang putra pun Jaka Linglung punika. Sang prabu lajêng dhêdhawuh dhatêng Jaka Linglung, ing sarèhning sang prabu kagungan mêngsah, inggih punika baya pêthak, ingkang manggèn wontên ing sagantên kidul, kapurih nyirnakakên, lan ambêkta kranjang mata era (kranjang arang utawi kranjang pangaritan). Sawangsulipun saking sagantên, kadhawuhan ambêkta angsal-angsal, inggih punika sirahipun baya pêthak, lan toya sagantên, kawadhahan ing kranjang mata era, mratandhakakên manawi mêngsahipun sang prabu sampun sirna. Dene kaparêngipun sang prabu, pancèn pun Jaka niyatipun dipun pitênah murih sirnanipun.

Sarêng Jaka Linglung kadhawuhan ingkang rama makatên lajêng nyuwun pamit, lèngsèr saking ngarsanipun sang prabu, amblês ing siti, sanajan wujud sawêr, pancèn trahing ngawirya, inggih kalampahan.

Kacariyos, sarêng pun Jaka Linglung sampun dumugi ing sagantên kidul, kalêksanan prang kalihan baya pêthak, nanging pun baya pêthak kawon prangipun, nuntên katigas jangganipun, kabêkta katur dhatêng Sang Prabu Jaka, kalihan ambêkta kranjang, isi toya sagantên.

Sarêng sampun kalêksanan, pun Jaka Linglung lajêng wangsul, wangsulipun inggih ugi mêdal salêbêting siti, sarêng lampahipun Jaka Linglung sampun watawis têbih, lajêng anjêdhul, panjêdhulipun pun Jaka Linglung, kalêrês wontên dhusun Crèwèk, nanging kadhatonipun kang

--- 686 ---

rama taksih têbih, dados pun Jaka Linglung amblês malih, toyanipun ingkang winadhahan kranjang, kocar-kacir wontên ing ngriku, mila wontênipun êmbêl ingkang sapisan. Wontên ing dhusun Crèwèk, pun Jaka Linglung anjêdhul malih, kalêrês ing dhusun Banjarmêndhikil, punika ingkang kaping kalih, toyanipun sagantên ugi kocar-kacir. Nuntên amblês malih, tumuntên anjêdhul malih, kalêrês ing dhusun Kuwu (Blêdhug), ing ngriku pun Jaka Linglung ragi dangu, awit kadhatonipun ingkang rama ragi cêlak, pramila kèndêlipun pun Jaka Linglung ragi dangu, jalaran sayah.

Milanipun ing Kuwu punika êmbêlipun kalangkung agêng sangêt, dene sanèsipun alit. Ing sarèhning pun Jaka Linglung anggènipun sayah sampun mantun, tumuntên amblês malih, cêkaking cariyos, pun Jaka Linglung sampun dumugi ing kadhatonipun ingkang rama, inggih punika ing Mêdhangkamulyan, dene bêbêktanipun pun Jaka Linglung sampun katur dhumatêng kang rama Sang Prabu Jaka, inggih kalêksanan sadaya, punapa ingkang dados karsanipun sang prabu wau.

Pramila dhusun Kuwu (Blêdhug) kasêbut makatên, awit mêndhêt saking suwaranipun êmbêl, dening êmbêlipun kalangkung agêng sangêt, manawi êmbêlipun mumbul, ngantos nyuwara sora, mak blêdhug-blêdhug, mumbulipun êmbêl, ngantos inggil sangêt, êmbêl ingkang alit inggih nyuwara, nanging alit, plup-plup.

Têtiyang ing ngriku, pandamêlipun sarêm tampêr, mêndhêt saking êmbêl, ingkang andêlèwèr saking ing nginggil, utawi saking ilinipun êmbêl, tumuntên dipun upakara, ngantos dados sarêm. Dene sarêm tampêr punika wujudipun lêmbat, kadosdene gêndhis pasir.

Dadosanipun sarêm tampêr punika, asli saking êmbêl, ingkang mawa sarêm.§ cariyos ing nginggil punika nama cariyos kina, pinanggihing pangothak-athik saha salajêngipun dados patilasan dumugi sapriki sagêd mathuk, nanging pinanggihing nalar wontên ing jaman sapunika botên gathuk. Mila prayogi kaanggêp dongèng kemawon.

Sastrasugônda.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar margi sêpur ing sapucaking rêdi Colorado (Amerikah). Ingkang inggilipun 4.700 m.

--- 687 ---

Waosan Lare

Kapatèn Obor

X. Pangeran adipati mèh tiwas.

[Mêgatruh]

Gênti catur ngôndha crita kang kêpungkur / dhèk samana kangjêng gusti / kêtaton prênahing bau / gêtih andalêdêg mili / bokmanawa kêna otot //

bangêt kantu êmung tansah ora emut / nanging sarèhning prajurit / isih sagêd adhêdhawuh / murih padha angunduri / mung undure isih tanggon //

karo dhawuh sadalan-dalan anêmpuh / omah-omah diobongi / uwonge padha kon têluk / yèn lumuha dirampungi / kabèhe uwis kalakon //

jêng pangeran dipikul ana ing tandhu / nanging pijêr ora eling / sawise adoh lan mungsuh / lan wis ora nguwatiri / padha lèrèn alon-alon //

sakabèhe para kawula angrubung / ngupakara kangjêng gusti / kocap ana uwong maju / amiyak para prajurit / barêng ketok uwong wedok //

nuli clathu amit sadaya priyantun / kula parêngna nyêlaki / badhe tumut urun rêmbug / sukur sagêd anjampèni / wong-wong sing wêruh malênggong //

ana ngêndhêg karo mancêrêng calathu: / anèh têmên kowe kuwi / awit kowe iku mungsuh / ya arêp ngakua bêcik / mêsthi disamarke uwong //

uwong wedok mangsuli karo angguyu / botên lêpat kang anggalih / nyujanani dhatêng mungsuh / nguwatoskên bokmanawi / badhe adamêl piawon //

nanging kula tiyang punapa priyantun / harak namung tiyang èstri / tuwin malih sampun ngumur / yèn gadhaha manah drêngki / têtêp nama tiyang awon //

mênggah kula ing manah mung raos suwung / malah mung nêtêpi wajib / yèn tiyang wajib têtulung / botên mawi pilih-pilih / pun anggêp sami kemawon //

dhèk samana jêng pangeran nuju wungu / tumuli andangu lirih / apa kuwi rubung-rubung / ana abdi sing mangsuli / sêmu wêdi andharodhog //

nuwun gusti wontên tiyang èstri sêpuh / badhe sowan dhatêng gusti / kula pambêng botên purun / angandika kangjêng gusti / kene ambacuta êmbok //

nuli mlêbu karo nangis sênggruk-sênggruk / pangeran andangu lirih / anèh têmên kowe iku / têka-têka banjur nangis / wis ta kapenakna kono //

aku arêp takon mênyang kowe biyung / ana apa dene nangis / aku iki rak mungsuhmu / prêlu apa kotangisi / tindakmu rak aran elok //

uwong wedok isih nangis karo matur / lêrês dhawuh dalêm gusti / nanging punapa kalèntu / anggèn kawula nangisi / jalaran kêraos-raos //

nadyan kula punika kêbandhang mungsuh / nanging mungsuh kula gusti / dados [dado...]

--- 688 ---

[...s]

upami dipun jur / sayêktos kawula tampi / lêga lila lair baos //batos.

awit mênggah raos kula têtêp têrus / botên badhe angiloni / gusti kula jêng sinuhun / tuwin gusti kula ngriki / yêktos mung sami kemawon //

dene gusti sowan kula niyat namung / nuwèni gêrahing gusti / kacariyos nandhang tatu / manawi kaparêng gusti / badhe ningali pun êmbok //

jêng pangeran mandêng mênyang uwong mau / karaos têrus ing galih / lan èngête nuli thukul / yèn tindake kangjêng gusti / mung gawe susahing uwong //

awit jênêng sulayan padha sadulur / gawe susahing wong cilik / kabèh mung anut ing grubyug / loro pisan padha gusti / padha bae yèn dibobot //

jêng pangeran nuli alon adhêdhawuh / kene ta nyêdhaka bibi / gilo priksanên tatuku / adhuh larane ngluwihi / ayake narajang otot //

uwong wedok nuli namatke andhingkluk / nuli wiwit anambani / barêkate wong wis ngumur / wis kulina amêruhi / owahe balung lan otot //

alon-alon nuli ditambani rampung / astane disôngga godhi / barêng wis singsêt akukuh / pangeran ngandika lirih / dene kok kapenak êmbok //

alon matur wong mau karo angguyu / o, tamtu kemawon gusti / awit gêrah namanipun / manawi dipun jampèni / sagêd lajêng botên kraos //

wiwit mau pangeran bingah kalangkung / sarta nuli kagungan sih / wong mau dianggêp biyung / rina wêngi mung disandhing / pangeran êsihe kasok //

kala-kala uwong mau bisa tutur / lêlakone para gusti / malah nadyan para ratu / bisa cêtha tharik-tharik / kabèh caritane maton //

dhèk samana ambênêri wayah esuk / lênggah pangeran dipati / sarira wis rada kukuh / diadhêp para prajurit / angrasani ing bab mungsoh //

ing karsane jêng pangeran bali nêmpuh / awit wis sugih prajurit / wong-uwong kang padha têluk / akèhe wis mêmêdèni / kira kutha mêsthi jêbol //

nuli dhawuh hèh kabèh kang padha saguh / padha mantêpa ngantêpi / ing samôngsa ingsun dhawuh / kutha rangsangên tumuli / aja nganggo ewah-ewoh //

durung tutug kasaru uwong gumrudug / suwarane pating jlêrit / alok ana uwong ngamuk / êndi sing ditrajang nyingkir / yèn sing mapag mati ngênggon //

nuli ketok wong sing ngamuk bangêt riwut / kangjêng gusti ora pangling / yèn uwong sing ngamuk mau / mungsuh sing biyèn natoni / pangeran anggragap alok //

ayo enggal cêkêlên wong ngamuk iku / nanging wonge ngangsêg wani / sing nyêdhak dipêdhang rampung / wise nyêdhak kangjêng gusti / dicandhak astane kukoh //

karo clathu gusti mangke seda tamtu / kula niyat malês pati / gusti mêjahi pun biyung / manawi karsaa budi / lah budia kula kêtog //

jêng pangeran prasasat koncatan bayu / saka ing panggalih gingsir / sarta isih rumbu-rumbu / wonge nuli narik kêris / dilarihke wis mèh cêprot //

--- 689 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Kawigatosanipun Tiyang Ngarang

II

Garèng: Wis, Truk, tumuli caritakna andharanamu cara-carane juru ngarang bôngsa Eropah utawa Amerikah yèn arêp ngarang dongèng. Sanyatane aku ngarêp-arêp bangêt ngrungu panêmune wong sing kêmlônda-lônda kaya kowe kuwi, sing anduwèni panganggêp, kabèh-kabèh sing nyara Lônda, mêsthi apike. Lo, Truk, kowe aja kliru panômpa mungguh sing tak anggêp Lônda kuwi, sabênêre ora ngêmungake sing asli nagara Walônda bae, nanging kabèh sing sairib Lônda. Mulane banjur ana unèn-unèn: Lônda Inggris, Lônda Jêrman, Lônda dhidhong, Lônda irêng, Lônda ikêt-ikêtan ...

[Grafik]

Petruk: Hara, kok banjur mlantrang-mlantrang mêngkono, ana Lônda kok Lônda ikêt-ikêtan, kuwi karêpmu kapriye.

Garèng: Jarene Lônda ikêt-ikêtan kuwi, wong Jawa sing watake, pikirane, solah tingkahe lan sapiturute, wis Lônda blêjêt kae, Jawane mung ana ing ikêt ...

Petruk: Wis, wis, kok banjur nyêmoni kayakinaning liyan. Ora bêcik, Kang Garèng, apa kok kira kayakinanmu dhewe kuwi mêsthi bênêre, rak durung kinar, ta. Nèk ngrungu kabèh unimu ing ngarêp, sajake kowe arêp ngêncêngi bangêt mênyang kajawanmu, kuwi iya bêcik. Nanging iya ora bêcik, nèk carane anggonmu arêp ngêncêngi kajawan mau sarana ngêmohi kabèh kang dudu asli kajawan, jalarane ora liya mung sabab kowe ora dhêmên karo wong-wong sing anduwèni cara mau. Sanyatane sawijining bôngsa sing kêpengin jajar lungguhe karo bôngsa sing wis unggul drajate kuwi iya ora kêna anduwèni ewuh-pakewuh niru utawa nelat tatacara bôngsa mau. Wis mêsthi bae sing ditiru kuwi ya sing bêcik, aja sing ala. Mêngko dumèh bôngsa sing unggul drajate mau mata dhuwitên upamane, nganti nyawa uwong prasasat dianggêp kayadene nyawaning pitik, saka anggone arêp ngudi mênyang kamulyan, banjur ditiru bae, lo, nèk mêngkono kuwi iya ora mathuk. Nanging tindake sing bêcik, sing pancèn munpangati tumrap aku kabèh, kuwi sanadyan sing nindakake mau satru bêbuyutan pisan, kenene kudu aja pakewuh

--- 690 ---

niru. Mêngkono uga mungguhing juru ngarang bôngsa Eropah utawa Amerikah, kuwi pirang-pirang tindak lakune, sing anjalari karangane bêcik, cêtha, sarta disênêngi ing wong akèh, kang pantês ditiru ing para juru ngarang bangsaku kiyi. Kaya ta: juru ngarang bôngsa Amerikah, Tuwan Jack London kang karangane kasuwur saindênging bawana, apa manèh karangane ing bab uripe sato kewan ana ing sajêroning alas, kuwi pirang-pirang taun lawase manggon dhewe ana ing alas, prêlu nyinau uriping kewan. Mulane anggone anggambar carane uriping kewan iya kaya têmênan-têmênana kae.

Garèng: Hêm, dadi nèk aku ora kaliru ing panômpa mungguh kandhamu kiyi, yèn arêp gawe dêdongengan murih bisa cêthane lan disênêngi ing wong akèh, si juru ngarang kudu nalitèkake kaanane sing têmênan. Juru ngarang sapa bae manèh sing mrêlokake nêksèni kaanane sing arêp kanggo dêdongengan-dêdongengan sing arêp dikarang.

Petruk: Wah, nèk aku kudu nyêbut jênênge kabèh, sanadyan nganti kêtêmu karo eyang Yamadipati pisan, iya mêksa durung cuthêl-cuthêl. Saikine kowe tak caritani sawatara bae, kaya ta: Gustave Aimard juru ngarang bôngsa Prasman, pangarang dongèng-dongèng bôngsa Indhian, hla, kuwi anggone bisa andongèng caritaning wong Indhian, iya nganggo dilakoni manggon kumpul karo bôngsa Indhian nganti pirang-pirang taun. Ana manèh juru ngarang E. Philips Oppenheim kuwi kalane arêp ngarang ing bab susahe wong kalah main, iya mrêlokake main nyang papan ngabotohan ing Monte Carlo, yaiku papan ngabotohan saindênging jagad kang gêdhe dhewe. Pangarange Tarsan, yaiku anak manusa kang diopèni ing kêthèk bangkokan E.R. Burroughs, kuwi pirang-pirang taun manggon ana ing alas ing Aprikah, prêlu nyinau uriping kêthèk, malah jarene nganti bisa wawan gunêm karo kêthèk. Ana manèh juru ngarang bôngsa Swid, kalane arêp ngarang carita kuna ing Eropah, nalikane gamane isih watu, banjur manggon ana ing alas tanpa mênganggo tur mung sangu gêgaman watu nganti sataun lawase.

Garèng: Wadhuh, hla nèk ngono iya angèl bangêt anggone arêp niru. Ewadene upama aku dadi juru ngarang, mêksa ana uripe juru ngarang sing wis kasuwur ing jagad, kang gampang anggonku arêp niru, yaiku juru ngarang Prasman kang aran Emile Zola, ing sarèhning sing dicaritakake mung bôngsa Rusiah-Rusiah bae, pawitane rak anggêre royal bae, rak mêsthi bisane.

Petruk: Hara, rak banjur salah wèsêl. Dumèhane sing didongèngake juru ngarang mau sing akèh bab-bab kang sinarawèdi, banjur dianggêp yèn sangune royal. Ing ngarêp aku rak wis kôndha, juru ngarang kuwi yèn arêp gawe cacritan, sabisa-bisa kudu nalitèkake apa sing arêp dicaritakake, dene yèn ora bisa nalitèkake dhewe, ana dalane liya, upamane bae sarana takon-takon marang wong sing wis tau nglakoni utawa ngalami, kaya ta: arêp nyaritakake abote wong kontrak nyang

--- 691 ---

Dhèli, têmtune arêp anglakoni dadi kontrak dhewe kangelan, kuwi iya banjur takon marang wong-wong sing wis tau nglakoni kontrak nyang Dhèli. Takone mau aja mung nyang wong siji bae, nanging nyang wong pirang-pirang, awit nèk mung nyang wong siji bae, bisa uga banjur diwuwuh-wuwuhi utawa dikurangi, kang bisa anjalari caritane kurang utawa kêladuk.

Garèng: Iya, iya, wis ngrêti aku, dadi wong arêp ngarang buku kuwi kudu nalitèkake apa sing arêp dicaritakake utawa takon-takon marang wong-wong sing wis tau nglakoni. Hla, saiki aku arêp takon manèh, nalikane durung môntra-môntra ana kapal silêm, kapal mabur, kuwi ana juru ngarang bôngsa Prasman, yaiku Jules Verne ngarang dongèng-dongèng sing gêgayutan karo masin mabur utawa kapal silêm, nganti anggone anggambarake bab loro kiyi cêtha wela-wela bangêt, hara, apa dhèwèkne mau iya wis tau nglakoni nunggang masin mabur utawa kapal silêm. Ing môngka ing ngarêp rak wis tak kandhakake, nèk jaman samono kuwi durung paja-paja ana bêkakas loro kiyi. Nèk takon-takon sing ditakoni bae sapa, apa iya bêndara-bêndara malaekat.

[Grafik]

Gambaripun suwargi Tuwan Jules Verne.

Petruk: Lo, yèn tumrap juru ngarang iki pancèn kêna diarani wong rada anèh, yèn cara Jawane kêna diarani: wong waskitha utawa wêruh sadurunge winarah.

Garèng: Wèyèh, ngêndi ana wong wêruh sadurunge winarah, rak banjur sugih phulus sanalika, awit yèn tuku lotre banjur wêruh nomêre sing bakal narik f 150.000.- aku kok ora pati ngandêl, dhing.

Petruk: Ya kêna kowe ora pati ngandêl. Nanging apa kowe lali, yèn juru ngarang bôngsa Jawa ya ana sing kaya mangkono, kaya ta: layang jôngka karangane Prabu Jayabaya lan layang Kalatidha karangane Radèn Ngabèi Rônggawarsita, genea kathik bisa nyaritakake lêlakon sing durung kalakon. Hara, kapriye saka pamikirmu.

Garèng: O, iya, dhing, bênêr kandhamu. Saiki aku wis trima ngalah. Mung bae coba aku saiki kandhanana, sarèhning sumurupanku kurang, kapriye cara-carane gawe karangan sing mêsthi bisa katampan saupama diaturake marang Bale Pustaka, kang sabanjure dadia wacan umum.

Petruk: Bab kiyi liya dina bae dak caritani sing nganti talêsih.

--- 692 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah

Paduka Tuwan W.P. Hillen.

Paduka Tuwan W.P. Hillen, warga rad Indhia ingkang ngêmban dhawuh parentah supados nitipriksa kawontênan-kawontênan ing Dhigul nginggil, kadugi benjing tanggal 10 Juli ngajêng punika badhe kondur dhatêng tanah Jawi.

Pawartos Marinê.

Kaangkat wiwit tanggal 1 Mèi 1930, Martijan (15.371), Matrus klas II dados matrus kok saha H. Lintjewas (562), matrus montir dados kopral montir.

Kaangkat wiwit tanggal 1 Juni 1930 Lenggo, matrus op mèstêr dados kopral op mèstêr.

Sambêtan tilpun radhio kalihan nagari mônca.

Wontênipun sambêtan tilpun radhio saking tanah Jawi kalihan Inggris Schotland saha Wales langkung Amsterdam wiwit tanggal 23 Mèi punika kabikak tumrap umum. Embalanipun inggih punika tumrap 3 mênit ingkang kawitan 63 rupiyah, salajêngipun tumrap samênit-mênitipun 21 rupiyah.

Tuwan Tamrin sampun wangsul saking Sumatra.

Kala tanggal 23 Mèi ingkang kapêngkêr Tuwan Tamrin sampun wangsul saking anggènipun tindak lêlana dhatêng Sumatra. Pangandikanipun, anggènipun lêlana wau ingkang perangan pulitik sae wohipun, ing pundi-pundi sampun kabangun komite-komite minôngka ngêmpalakên arta kangge bôndha kabangsan (samangke sampun wontên 6000 rupiyah). Têtela ing Sumatra wontênipun raos pulitik ugi gêsang, ing pundi-pundi katingal angandhut raos kabangsan, ing Sumatra sisih kilèn punapadene ing Sumatra sisih wetan. Ing bab wohing panitipriksanipun badhe kaajêngakên wontên ing rad kawula.

Ewah-ewahan tumrap pangajaran pribumi.

Kados ingkang sampun kawartosakên dya parentah sampun tampi usul-usul murih wontênipun pangajaran ingkang mawi dhêdhasar kilenan tumrap bôngsa pribumi kaewahana saha katindakna wiwit wulan Juli 1931. Miturut pawartos Aneta kala tanggal 24 Mèi ingkang kapêngkêr bab wau sampun karêmbag wontên parêpatan rad Indhia.

Konpêrènsinipun para pangagêng Kasunanan saha Kasultanan.

Kala tanggal 10 Mèi ingkang kapêngkêr ing Danurêjan, Ngayogya, sampun kawontênakên konpêrènsining pangagêng-pangagêng Kasunanan saha Kasultanan. Konpêrènsi wau dipun rawuhi dening Paduka Tuwan Gupêrnur Surakarta saha Ngayogya K.G.P.A.A. Mangkunagara, K.G.P.A.A Pakualam, pêpatih dalêm ing Surakarta saha Ngayogya. Patih Mangkunagaran saha patih Pakualaman, residhèn t/b ing Surakarta, asistèn residhèn Agrarische Zaken ing Ngayogya, asistèn residhèn Ngayogya saha Gewestelijk Secretaris ing Surakarta. Ingkang karêmbag inggih punika:

1. Supados kawontênakên satunggiling up amtênar babagan tèhnik tumrap ing Kasunanan saha ing Kasultanan.

2. Bab Bale Agung. Ing bab adêgipun Bale Agung wau konpêrènsi dèrèng andamêl karampungan.

3. Bab pamulangan-pamulangan ingkang mawi pangajaran agami, ingkang angsal subsidhi utawi botên, punapadene bab pamulangan dhusun.

4. Pambudidaya minôngka pananggulang wukêr. Gêgayutan kalihan wontênipun gubahan ing Sêdyatama tanggal 17 Mèi bab wukêr ingkang katindakakên dening satunggiling bôngsa Tionghwa, parepatan anggalih bab wau prayogi kapasrahakên kemawon dhatêng golongan partikêlir, bilih prêlu kanthi pitulungan nagari.

5. Bab sanès-sanèsipun

Ebah-ebahan Ahmadiyah.

Kawartosakên wontênipun wêwaton (statuten) ebah-ebahan Ahmadiyah ingkang kaaturakên dhatêng parentah dening M.Ng. Jayasugita, pangarsa, saha M.Moh. Husni, panitra ebah-ebahan Ahmadiyah, sampun kaabsahakên dening Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral. Wêwaton wau adhêdhasar:

1. Kuran.

2. Kapitadosan bilih Kangjêng Nabi Muhamad punika: nabi, saha sasampunipun punika badhe botên wontên nabi malih. Inggih panjênênganipun wau ingkang kêdah kakatulad dening têtiyang.

3. Kapitadosan bilih sasedanipun Kangjêng Nabi badhe wontên mujadhid utawi panuntun agami ingkang badhe anglêrêsakên pranatan-pranatan agami ingkang nalisir saking ingkang asli saha bilih asrah Mirsah Gulam, Ahmad punika mujadhin nalika abad ingkang kaping 14 sasampunipun Hijrah.

Wontênipun pakêmpalan wau anuju dhatêng katêntrêman.

Prakawis lintah dharat ing Jampang.

Kala tanggal 21 Mèi ingkang kapêngkêr ing Jampang kilèn sampun kawontênakên konpêrènsinipun ingkang wadana ing Jampang, administratur [admini...]

--- 693 ---

[...stratur] polêk kredhit bang ing Sukabumi saha tilas administratur ingkang sampun kawêntar dados juru potang ing wêwêngkon Jampang. Mênggah wontênipun konpêrènsi wau inggih punika ngrêmbag bab sambutan-sambutanipun têtiyang ing Jampang dhatêng juru potang kasêbut nginggil murih saenipun, punapadene badhe suka pitulung dhatêng têtiyang ingkang kenging pakartinipun lintah dharat wau.

Bêncana ladhu ing rêdi Telamaya.

Kados ingkang sampun kawartosakên wontênipun bêna ladhu saking rêdi Telamaya sampun anuwuhakên pêpêjah saha kasangsaran pintên-pintên. Samangke rêdi Susuh, inggih punika salah satunggiling pucakipun rêdi Telamaya, katingal nguwatosi, jalaran ing kiwa têngên sitinipun sampun sami jugrug. Gêgayutan kalihan bab punika awit saking dhawuhipun pangrèh praja têtiyang ing dhusun Kêbonwage, Kayumas saha Kêbumèn sampun sami ngili dhatêng dhusun-dhusun sanèsipun ingkang langkung inggil dunungipun. Kajawi punika têtiyang ing dhusun Kênanga, Limut, Gawana saha Jengkol ugi sampun sami ngili dhatêng dhusun sanèsipun. Kathah ingkang kangge sawatawis môngsa kadunungakên wontên ing tangsi ing Banyubiru.

Konggrès I.N.P.O. ingkang kaping kalih.

Wiwit tanggal 21 dumugi tanggal 28 Juni ngajêng punika Indonesisch Nationale Padvinders Organisatie badhe ngawontênakên konggrèsipun ingkang kaping kalih manggèn wontên ing Bandhung ing papan sawingkinging Technische Hoogeschool. Mirid wontênipun pratelan saking pang-pangipun, kirang langkung wontên padpindhêr jalêr èstri 300 ingkang badhe tumut konggrès. Ingkang minôngka komite konggrès inggih punika: Tuwan Sutapa, pangarsa, Tuwan Sugônda, artaka, Tuwan-tuwan Dr. Sukiman, Suwarsa, Suntaya, A. Tirtasuwirya, Sarjana, Suhata, Suwarda saha S. Tirtasupana, minôngka warga.

Tiyang wanan.

Pambantu Aneta martosakên saking kapal Camphuys sarana radhio ing Dhobo bilih dèrèng dangu prajurit ingkang sawêg nganglang kanthi asistèn pangrèh praja Tuwan Rungenbregt ing lèpèn Cêmarah sisih nginggil kaprêgok tiyang wanan 200, ingkang sami asikêp dêdamêl. Têtiyang wanan wau mêntas angglandhang tiyang sawatawis saking Mimikah saha sampun kapêjahan saha katêdha, namung kantun tiyang èstri lan lare alit satunggal. Kalih-kalihipun kalampahan sagêd kapitulungan dening para prajurit. Para prajurit sami kadhawahan panah, lajêng gêntos angêdrèl, têtiyang wanan lajêng sami lumajêng, anilar pêpêjah tiga kalêbêt ugi pangagêngipun.

Wiwahan.

Kawartosakên, benjing wulan Nopèmbêr ngajêng punika Kangjêng Pangeran Arya Mangkudiningrat ing Surakarta badhe ngramakakên putra putrinipun kalih inggih punika Radèn Ajêng Amiyati dhaup kalihan Radèn Sudarga, opsihtêr B.O.W. ing Amuntai (Borneo sisih kidul wetan), kaprênah kapenakan kalihan ingkang bupati ing Cilacap, saha Radèn Ajêng Rêtna Sriyati dhaup kalihan R.M.Ng. Wiraatmaja, putranipun R.M.A. Yasadipura ing Surakarta.

Asiah.

Kawontênan ing Indhia Inggris

Bombai, 25 Mèi (Aneta-Reuter). Gêgayutan kalihan wontênipun panêmpuhing papan panyimpênan sarêm ing Wadhalah, wontên tiyang 115 ingkang kacêpêng. Tiyang 35, kalêbêt satunggiling agèn pulisi, sami nandhang tatu.

Bombai, 26 Mèi (Aneta-Reuter). Ing sacêlakipun toko Ghèndhi pulisi kalihan têtiyang dados campuh. Pulisi lajêng migunakakên sanjata, wontên tiyang wolu prêlu kabêkta dhatêng hospital.

Krisnagar, 26 Mèi (Aneta-Reuter). Sarêng têtela têtiyang ing Napadwip botên kenging kabibarakên kanthi gitik, pulisi lajêng migunakakên sanjata.

Bombai, 26 Mèi (Aneta-Reuter). Ing wanci dalu pulisi sampun ambibarakên têtiyang ingkang sami wontên ing margi ingkang anjog dhatêng Wadhalah.

Indhocina

Hanoi, 22 Mèi (Aneta-Radio). Kasêbut kêkancinganipun Paduka Gupêrnur Jendral P. Pasquier ingkang kawrat wontên ing Staatscourant para amtênar ing Indhocina kajawi bakên nyinau salah satunggilipun basa ing Indhocina murih sagêdipun angsal inggahan. Kêkancingan wau tumindakipun wiwit tanggal 1 Juli ngajêng punika.

Kapal kaji kêbêsmi.

Jedah, 23 Mèi (Sepc. B.N.). Tanggal 21 Mèi kapal Asia, inggih punika kapal ingkang dipun tumpaki tiyang 1500 ingkang mêntas minggah kaji saha badhe wangsul dhatêng palabuhan-palabuhan ing sagantên abrit, labuh wontên ing sajawining palabuhan. Ing ngriku jam 8 sontên tuwuh wontên kêbêsmèn ingkang lajêng saya mrèmèn-mrèmèn. Awit saking pitulunganipun kapal ingkang wontên ing palabuhan, kalampahan wontên tiyang 950 sagêd kapitulungan. Wontên tiyang 112 ingkang dèrèng pinanggih, kadugi sami pêjah kabêsmi.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 3077 ing Sleman. Sampun têlas, botên sagêd ngaturi.

Lêngganan nomêr 48 ing Klojèn Lêdhok. Saloka kalihan paribasan taksih. Nanging Kajawèn nomêr 37 sampun têlas. Sampun dados panggalih.

Lêngganan nomêr 1537 ing Sawangan. Mriksanana Kajawèn nomêr 41.

Ngaturi uninga dhatêng para prayantun lêngganan sadaya, bilih Kajawèn nomêr 35 lan 37 sampun sami têlas. Amila sintên ingkang botên nampi, mugi sampun andadosakên cuwa ing panggalih.

--- 694 ---

Wêwaosan

Cariyos Calonarang

Babon saking basa Kawi, kajarwakakên mawi sêkar macapat, dening Radèn Wiradat, ing Surakarta.

11

[Asmaradana]

Cubag-cubug dèn anciki / godhong nora kuwat nyôngga / sang wiku ngrasa karêngon / Kyai Kuturan aduka / dènnya tan pinamitan / Sang Baradhah lajêng wangsul / anyuwun ampun apura //

lan pamit dènnyarsa mulih / Kuturan wus mari duka / paring dhawuh karahayon / Sang Baradhah tandya mangkat / nitih baitrabaita. patra / lêstantun anglêr wus tutug / plabuhan sagara rupak //

lajêng lampahe sang yogi / mak bur mibêr ngawang-awang / sundhul jêdhug mega jodhog / mudhune wus têkan Daha / anjujug jroning pura / kocapa sang mahaprabu / siniwakèng wadyabala //

tandya risang guru prapti / sêr anjog saking ngawiyat / sang nata umiyat kagèt / saksana ngaras dlamakan / wus sami tata lênggah / sang wiku ngandika kêcut / anggèr sang prabu wruhanta //

ingong mêntas saking Bali / nêmoni wiku Kuturan / anjaluk idi adêge / putramu dadi narendra / ana ing Bali kana / kyaine Kuturan rêngu / nyarungus nora kalilan //

sun jiyad malah ambêkis / tur dadi diya-diniya / dayaku tak tokke kabèh / iku kyaine Kuturan / lagi ginawe mênang / ngadu japa jopa japu / cêkakane aku kalah //

mèh bae tan bisa mulih / wis ta putraku sang nata / bêcike mangkene bae / tanah Jawa pinaroa / sisih aran Janggala / sijine Kadhiri iku / dadi kratone putranta //

mupung ingsun anunggoni / tumuli sira prentaha / gawe karobongan loro / rinarêngga pêpajangan / dalah sajèn tigasan / kanggo jumênêngan iku / ya putramu karo pisan //

sang nata mituhu tuding / jumurung karsaning rama / wus dhawuh nyampêti sajèn / sang guru nuli linggaran / ngaso mring kamar dênta / sinuba-suba sêsuguh / kocap pra kriya ing pura //

mrantèni bale patani / tinata anèng paseban / sinoba sabusanane / sinerongan langse sutra / seta satundha-tundha / gundha grandhèl kayuapu / gombyok kalèmbrèh ngêdhepyah //

cancutan cinincing-cincing / ngencong kinancing cancangan / cêplok kêmbang mas ting grendhol / palipit sotya tretesan / mêngkang mingkup amêkak / purna pêpènine pênuh / punang panangkilan endah //

ya ta wus andungkap wanci / jumênênganing narendra / Sang Sri Èrlangga wus miyos / para sumewa samuha / sumahab ambalabar / bêg ambèr bêbasan rubuh / pancaksujining bacira //

para pandhita kinêrik / sadu sidi sida sabda / sadaya wus pêpak andhèr / rajaputra sakalihan / ngrasuk kaprabon endah / makutha kiritha munggul / sêkar taji cundha sotya //

urnaja manggrudha mingking / amêngkang sagara muncar / pênding pêkak madya mèpèt / lur-ulur naga karangrang / bêbadhong kêbo mênggah / gundhawara atri dhatu / sangsangan kastuba nungsang //

akampuh limar katangi / calana cindhe jalamprang / kêlatbau gêlang kroncong / kancana cinawi sotya / kadga slorok topengan / intên mirah lan jumêrut / tinatrap tinaturêngga //

narpatmaja dhasar sigit / rinarêngga sarwa endah / wus pinrênah ing jro krobong / lênggah sinungan sasana / sunare kang busana / asinang sênên sumunu / sinumêne sawatara //

Sri Èrlangga lajêng nuding / pra pandhita lan punggawa / kinèn majêng pasowane / ngèstrèni narendratmaja / jumênêng maharaja / ing praja Kadhiri iku / kang sawiji ing Janggala //

para sowan saur paksi / mangayubagya pujyarja / pakurmatan muni kabèh / sajèn tigasan pinrutah / maratah matêng mêntah / mratani tinon supênuh / malah turah ngambrah-ambrah //

purna jumênênging aji / putra nata sakalihan / sang prabu sêpuh lumèngsèr / jumênêng raja pandhita / pasewakan bubaran / brung-brung paseban anjêmbrung / mung kari kang brêsih pura //

Êmpu Baradhah wus mulih / cinêkak lakuning crita / wau sri narendra Karo / sampun iyasa nagara / arja karta tur endah / enggale wus sami rampung / kang manggon suka sadaya //

raras rêsmine andadi / èdi kang pura parama / rêrumahan rêma rame / kang rama Sri Aèrlangga / dahat sukaning driya / ya ta ing antara dangu / ana wêwinih wisuna //

ing Janggala lan Kadhiri / ngacaki cak-cakan congkrah / cengkre lan kadang kêdudon / kudon-kudon ayun yuda / ya dyan angadu wanda / drêng sudira takêr marus / mamrês mrusa bôndawala //

sri narendra ing Kadhiri / wus angirabakên bala / bêlêg gêgaman anggêbèl / anggêbag praja Janggala / mangkana Sri Janggala / midhangêt pawarta tamtu / yèn badhe pinrêping aprang //

sri nata cikat ngaturi / uninga marang kang rama / nata wrêda kang wus lèrèh / gugup Sang Sri Aèrlangga / lajêng utusan mênggak / dhatêng Kadhiri ngrêrapu / aywa ngrêmpak ngripu kadang //

wêwaraha wira-wiri / mrih wurung wêruha wirang / ngwèri sadulure dhewe / wèh susahing kulawarga / sêdhih kang sami trêsna / kang sêngit giyak gumuyu / muyêg amêmoyok miyak //

mangkana Natèng Kadhiri / nora paja-paja kêndhak / malah amêlak wadyane / narapati ing Janggala / ugi mêpak pamapag / mapan ing papan prang pupuh / mampang mêmpêng mumpangkara //

mangkana cucuking baris / wus campuh kalawan mêngsah / sami sudira dêrênge / dahuru urêk-urêkan / urging rata kang rêbah / krapyaging landhehan dhumpyuk / prag-prog gada bindi makan // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]