Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-07, #1645

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1930, #1645
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-01, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #354.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-02, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #355.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-03, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #356.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-04, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #357.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-05, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #358.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-06, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #359.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-07, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #360.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-08, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #361.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-09, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #362.
10.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-10, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #363.
11.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-11, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #364.
12.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-12, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #365.

Ôngka 53, 4 Sapar Taun Jimawal 1861, 2 Juli 1930, Taun V.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm: tigang wulan ... f 1.50. Bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Imalaya

Gambar nginggil punika kawontênanipun karêtêg gantung ingkang saking rêdi Kang, Imalaya.

--- 820 ---

Bab Ringgit

Bathara Wisnu

II.

Kacariyos nalika Sang Hyang Wisnu badhe manjanma dhatêng marcapada, inggih punika kala jamanipun Prabu Pandhu ing Ngastina tuwin Prabu Basudewa ing Mandura, Hyang Naradha dhawuh dhatêng Sang Hyang Wisnu. He, Wisnu, duk sira manjanma ana Ngayodya aran Bathara Rama, ubaya lan arinira Si Lêksmanasadu, yèn manjanma manèh arinira dadi tuwa, sira dadi anom, saiki wis kalamasane. Nanging nganggoa pancadan, sira dadia macan, Lêksmanasadu dadia naga. Ing ngriku Hyang Basuki, dewaning sawêr gadhah atur ugi badhe manjanma, dipun dhawuhi manjanma nunggil Hyang Lêksmanasadu.

Ing ngriku Hyang Brama usul supados Wisnu manjanmaa dados kalih, kaupamèkakên sêkar lan gandanipun, pundi ingkang kadhawahan sêkar dados kawujudanipun Sang Hyang Wisnu. Ingkang kadhawahan gônda gadhah wêwatêkan kados Hyang Wisnu.

Wusana lajêng kalampahan tumêdhak sêsarêngan badhe manjanma, Hyang Wisnu tumurun awarni sima, Bathara Lêksmanasadu kalihan Bathara Basuki dados satunggal awarni naga, sami malêbêt pagrogolanipun Prabu Baladewa ingkang pinuju anggrogol buron wana. Wusana kauningan Prabu Basudewa sami dipun jêmparing pêjah kuwônda muksa, wadhagipun nuksma dhatêng garwa nata Dèwi Maendra, alusipun manuksma dhatêng garwanipun sêpuh Prabu Pandhu Dèwi Kunthi.

Sarêng wontên ing jamanipun Pandhawa, panuksmanipun Bathara Wisnu katingal sangêt, inggih punika wontênipun ing Prabu Krêsna. Malah ngantos dipun ucapakên Hyang Wisnu ngejawantah.

Wontênipun ing cêcariyosan, Bathara Wisnu punika sadèrèngipun manjanma nate dipun guroni Jaka Sangkala, kapengin nulad kalangkunganipun, kalampahan Hyang Wisnu nampèni suwitanipun Jaka Sangkala. Jaka Sangkala lajêng kadhawuhan andhèrèk ing satindakipun Hyang Wisnu, sakêdhap ambêlês ing siti, sakêdhap napak ing gêgana inggil sangêt, sakêdhap dumugi jagad pungkas lèr, dumugi jagad pungkas kidul, cêkakipun jagad kêmput dipun ubêngi namung sakêdhap netra.

Jaka Sangkala sumêrêp kalangkunganipun Bathara Wisnu kados makatên wau sakalangkung ngungun ing manah, lajêng têtêp anggènipun badhe suwita, dene wontên lêlampahan elokipun kados makatên, saha sangêt anggènipun angalêmbana.

Sang Hyang Wisnu sarêng badhe dipun puruhitani, saha sampun mantêp sayêktos, lajêng ngandika: Wruhanira Sangkala, tumraping dewa, liyane kangjêng rama Sang Hyang Jagadnata ora ana kang madhani ingsun, ananging kaprawiran kang wus sira sumêrêpi mau, durung kêna sira arani pinunjul ing jagad. Dene kang kêna diarani pinunjul iku manusa kang sampurna marang ngèlmu kalêpasaning budi, yaiku manungsa sajati.

Mirid andharan ing nginggil punika, dados mênggahing Sang Hyang Wisnu punika taksih wontên ingkang ngasorakên.

--- 821 ---

[Grafik]

Nalika Sang Hyang Wisnu tuwin Sang Hyang Basuki badhe manukma.

--- 822 ---

Kawruh Padhalangan

Sampun sawatawis wêdalan Kajawèn angêwrat karangan bab ringgit. Nuwun, bokbilih panjênênganipun rama up rêdhaktur amarêngakên, ing ngriki kula badhe nyêlani, urun pisungsung andharan bab kawruh padhalangan, bokmanawi badhe wontên kasilipun. Jalaran ingatasipun Kajawèn pancèn niyat badhe mêncarakên kawruh, ingkang murakabi ing ngakathah.

Mênggah kawruh padhalangan punika sajatosipun satunggiling kawruh ingkang luhur, sanès kawruh baèn-baèn. Kacariyos, ingkang angripta paduka Kangjêng Sunan Kalijaga, satunggiling wali ingkang linangkung.

Dene dumuginipun jaman sapunika, awis ingkang mangrêtos dhatêng jêmbaring kawruh punika, mandar kathah ingkang sok angrèmèhakên. Punika jalaranipun botên sanès, awit saking pandamêlipun kyai dhalang piyambak, anggènipun anglampahi kuwajibanipun sok namung kadamêl sasêkecanipun kemawon, lajêng ngarah goprak-gapruk namung murih ramenipun. Mila lajêng ngêsing kawruh mèh ical, eman yèn lajêng kalajêng risak ingkang dados jêjêring kawruh.

Kajawi ingkang makatên, kathah-kathahipun pancèn sami dèrèng dhamang dhatêng kawruh padhalangan, lajêng sampun purun majêng ing kêlir, ngandhap balencong, namung kabêkta saking kadugi kemawon. Trêkadhang inggih namung kasêsa badhe pados pituwas ingkang sapele. Kados ingkang sampun kalampahan ing nagari Mataram, para dhalang ing pakampungan purun andhalang namung nrimah epahan f 5.- (gangsal rupiyah) sadalunipun, punika punapa botên lajêng ngrèmèhakên dhatêng kawruh padhalangan.

Tujunipun sapunika ing nagari Surakarta tuwin Ngayogyakarta sampun wontên pamulangan padhalangan, ingkang sêdyanipun badhe andandosi barang ingkang risak. Saupami para kyai dhalang, ingkang taksih dèrèng jangkêp, lajêng sami purun nyambi sinau malih, ngindhakakên kawruhipun, mendah utaminipun, têmtu badhe mindhak drajating dhalang, tuwin drajating bôngsa. Awit punika mênggah tumraping bôngsa Jawi, kajawi kawruh ingkang èdi, ugi kagolong kagunan, pusaka tanah Jawi, ingkang wajib pinêtri-pêtri.

Nuwun, karangan punika kula jugag samantên kemawon rumiyin. Dene yèn pancèn ingkang ambaurêksa Kajawèn amarêngakên, niyat badhe kula têrusakên andharan bab kawruh padhalangan, ingkang sampun kawulangakên wontên ing pamulangan Abirandha ing nagari Mataram. Kados ta: pathokanipun andhalang, kadospundi patrapipun kyai dhalang salêbêtipun anglampahi kuwajibanipun, wijang-wijanganipun sulut,suluk, pathêt, gôngsa, sapiturutipun. Tuwin gêgayutanipun kalihan kawruh raos, awit sajatosipun ingkang katingal wontên ing kêlir, lampahaning ringgit, lan sarêrangkènipun tiyang andhalang sadaya, punika namung isi pasêmon, gambar gumlaring dumadi.§ Sakalangkung ing pangajêng-ajêng kula ing bab kaparêng panjênêngan wau. Red.

S. Purwawiyata - Wêlèri. K. 398.

--- 823 ---

Kawruh Sawatawis

Sarêm ing Tanah Madura

Panjênêngan sadaya têmtunipun taksih sami kèngêtan rikalanipun sarêm taksih las-lasan, limrahipun dipun wastani sarêm wuku. Punika kirang langkung 25 taun ingkang kapêngkêr. Ing wêkdal samangke sarêm kados makatên sampun kasuwak, wontênipun ing sapunika wujud pasagèn batan sadaya, pramila badhe kula criyosakên supados kasumêrêpan sarasilahipun.

Sarêm ingkang kangge umum ing tanah Indhonesiah punika sarêm wêdalan saking Madura, ingkang ngasta parentah, limrahipun dipun wastani monopolie-ning parentah. Mênggah pandamêling sarêm ing ngriku punika caraning panggarapipun beda kalihan ing Pamancingan (Ngayogya) utawi ing Kuwu (Grobogan) lan ing sanès-sanès panggenan malih. Botên mawi kagodhog, cêkap mawi sarana bêntèring srêngenge, lan papan pandamêlipun wontên ing siti. Wujudipun dipun kothak-kothak kados pasabinan, pramila sanadyan sarêmipun sampun katingal rêsik, warninipun pêthak cêmplak, mrusuh kados sêkar mênur wontên ing pinggan, nanging tumrap para ahli kasarasan, taksih dipun anggêp kirang mitadosi tumrap dhatêng kasarasan. Bab makatên wau pancèn kasinggihan, awit siti punika pancèn panggenan pataranganing para lêlêmbat, dede jim utawi setan, nanging dating sêsakit ingkang lêmbat, kados ta: typhus, decentry, mijnworm, lan kathah panunggilanipun. Pramila rekadaya kadospundi murih sarêm wau kalis dening dating sêsakit wau tansah kaudi, jalaran saking punika lajêng prêlu yasa pabrik ingkang kawical agêng wontên ing Kaliangêt bawah Sumênêp, ugi ing Madura.

Mênggah padamêlan ing ngriku punika prasasat namung kaperang dados 2 perangan agêng, ingkang sapisan adamêl rêsiking sarêm, punika kawontênanipun botên patos aèng, inggih punika sarêm-sarêm ingkang saking gudhang-gudhang parimatan, ingkang dipun êprès rumiyin, supados dados padhêt, punika prêlunipun ringkês. Sasampunipun dados pres-presan lajêng kalêbêtakên ing panggarangan (oven), awit saking punika para lêlêmbating dating sêsakit ingkang kacriyos ing nginggil têmtu sirna, pêjah dening bêntèring hawa ing salêbêting panggarangan wau. Êntas-êntasan saking ngriku lumarab dhatêng gudhang pambungkusan (prakawis ing perangan nomêr 2), prêlu dipun êpak mawi êdhus, katutup rapêt lan lajêng kasungsun-sungsun. Ing sapunika sampun samêkta kangge kakintun dhatêng pundi-pundi. Dipun êdhusi punika paedahipun wontên margi, nalika dipun bêkta sêpur, kapal lan sanès-sanèsipun, tangèh sagêdipun kampiran dating sêsakit, awit kajawi êdhus wau pancèn kadamêl kiyat, panutupipun sampun dipun atos-atosakên.

Ing sapunika gêntos kacariyos caraning pandamêlipun sarêm kados kasêbut ing ngajêng, inggih punika

--- 824 ---

ingkang namung sarana bêntèring srêngenge lan wontên ing siti têka sagêd dados.

Tanah Madura punika kawontênaning hawa beda katimbang ing sanès panggenan, pramila katiganipun panjang piyambak, ngantos wontên 7 wulanan, pramila ing papan ingkang andhap-andhap ing pasisiran, kados ta: ing Sampang, Pamêkasan lan ing Sumênêp, klêrêsan sangêt kangge panggenan adamêl sarêm. Mênggah wiyaring papan wau, sampun botên kantênan katôndha wêdaling sarêm saking Madura cêkap kangge kabêtahanipun têtiyang sa-Indhonesiah. Bilih ing môngsa rêndhêng lajêng dipun angge ngingah ulam kados ta: bandêng, blanak lan sasaminipun, pramila ing ngriku punika mirah arta, botên maibên yèn pribumi ing ngriku, têtiyang pasarêman, têtiyang ngriku mastani: orèng pabujahan: sami cêkap-cêkap punika.

Ing ngajêng sampun kacriyosakên yèn papan panggenan damêl sarêm punika wujud kados kêdhokaning sabin, punika jangkêpipun botên kenging kirang saking 5 kothak, botên kenging mrênca dhêdhempetan utawi jèjèr-jèjèr. Salah satunggilipun ingkang adhakan kadamêl panggenan patandhon toya sagantên ingkang sampun ragi sêpuh (mênêb dangu) kêdah langkung agêng tinimbang sanès-sanèsipun, pramila têtiyang ngriku mastani: kurbi, punika têgêsipun êmbok. Sadèrèngipun miwiti nglêbêtakên toya, kothakan wau kagarap, supados lètèr kadosdene latar, pirantosipun namung slèndêr kajêng, dipun surang-surung wongsal-wangsul, lajêng dipun kêlanthang sawatawis dintên laminipun supadonsupados. kêsat, nanging botên kenging kaduk ngantos sami nêla. Sapunika wiwit nglêbêtakên toya dhatêng kothakan kurbi ngantos pèrès, sanès-sanèsipun kakèndêlakên jalaran badhe kangge ing saprêlunipun dipun êlah-êlihi toya saking kothakan kurbi kasêbut ing ngajêng. Ing sawatawis dintên jalaran saking angin utawi daya bêntèr, toya wau dados angok. Yèn dipun satitèkakên nyatanipun toya wau dados kênthêl, lan mêsthinipun mindhak dangu kêdah mindhak kênthêlipun, punika wontên pirantosipun ingkang kangge mriksa, namanipun kula kasupèn. Samôngsa botên wontên ewahipun lajêng kaêlih dhatêng kothakan sanèsipun, ing ngriku têmtu lajêng indhak kênthêlipun, makatên salajêngipun ngantos dhatêng kothakan ingkang pungkasan piyambak, inggih punika nomêr 5, punika watawisipun wontên 50 dintên jalaran toya ingkang dipun andhêg ing satunggil-tunggiling kothak watawis 12 dintênan.

--- 825 ---

Pambênganipun adamêl sarêm kados makatên punika jawah. Sasampunipun dumugi ing kothakan ingkang pungkasan sampun mumpluk, yèn dipun waspaosakên ing salêbêting toya têmtu katingal pêthak, mlêtuk kadosdene dhêdhak pating sliwêr tuwin kadosdene barang ingkang gêsang, punika alusing sarêm badhe ngêmpêl, dangu-dangu lajêng malik warni, wiwitipun akas wasananipun atos, wujudipun kados kristal, pramila nalika katingal pating sliwêr wau cara Walandinipun Cristalliseeren, têgêsipun badhe dados kadosdene kristal. Kandêlipun watawis wontên 5 dim, ngampar ing kêdhokan.

Saking atosipun pamêndhêtipun kêdah mawi jinojoh ing linggis utawi ginêmpur ing pecok, saking ngriku lajêng kausung dhatêng gudhang-gudhang pangrimatan lajêng katampèkakên dhatêng ingkang gadhah wajib, wasana sagêd sumêrêp pintên koyan angsal-angsalanipun. Yèn botên lêpat patuwasing kangelan ing dalêm sakoyan kaparingan f 15.-. ing sataunipun dipun cadhong sarêm 4 êdhus katampi kaping kalih, punika kangge kabêtahanipun piyambak, jalaran tumrapipun Madura, kajawi botên kaparêng ngangge sarêm wuku, ugi botên kaparêng damêl, mila sami angsal cadhong kados kapratelakakên ing nginggil, mênggah ingkang dados wigatos tamtunipun para maos sampun sami mangrêtos piyambak.

Dumugi samantên andharan kula bab sarêm ing Madura ingkang gêgayutan kalihan ngèlmu kasarasan, yèn wontên kirangipun sampun kirang pangapuntên dhatêng pun:

Sumadi - Pangarasan.

Sagantên wêdhi

[Grafik]

Gambar nginggil punika sawanganing sagantên wêdhi ing Mêsir.

--- 826 ---

Mèngêti Lêlabêtanipun Paduka Suwargi Tuwan Dr. J.L.A. Brandes

Ingkang dados sarananipun tiyang kêkalih utawi bôngsa kêkalih murih sagêdipun mêmitran supêkêt, satunggal-satunggalipun kêdah aji-ingajenan, ingkang adhêdhasar kasagêdan kawruhipun. Tumrapipun para Walandi, ingkang ambiyantu sagêdipun bôngsa Walandi sami migatosakên dhatêng samukawis ingkang sami dipun garap dening têtiyang Jawi ing bab kasusastran, yêyasan, inggih punika paduka suwargi Tuwan J.L.A. Brandes.

[Grafik]

Suwargi Tuwan Dr. J.L.A. Brandes.

Minôngka amèngêti suwargi Tuwan Dr. Brandes ingkang sedanipun 25 taun sapriki, sumare ing Tanahabang, Batawi. Kala tanggal 26 Juni punika, ing pasareanipun dipun rêrêngga ing sêkar, atas namanipun Bataviaasch Genootschap van Kunsten en Wetenchappen, ingkang dipun jênêngi dening para dhoktêr basa wetanan, tuwin sanès-sanèsipun, ingkang dêdunung ing Batawi.

Suwargi Tuwan Dr. Brandes punika sinaunipun wontên ing Leiden. Ing taun 1884 Tuwan Dr. Brandes dumugi ing Batawi, saha kapapanakên wontên ing museum, kapatah nyinau basa Kawi. Kathah pitulunganipun ing bab kawruh babad Jawi, jalaran panjênênganipun sagêd anjarwani sêrat-sêrat kina, kados ta: manawi wontên nata dhêdhawuh adamêl candhi, pamujan, pasarean, utawi pasiraman, ing ngriku wontên sela ingkang dipun sêrati, lan mratelakakên asmaning nata ingkang jumênêng, prajanipun, utawi katrangan sanès-sanèsipun. Manawi wontên nata paring wêwênang dhatêng kawula pamajêgan utawi dhatêng pamujan wau, lajêng dipun damêlakên pèngêtan wontên ing têmbaga, dipun pêndhêm wontên ing ngriku, inggih punika ingkang dipun wastani piagêm.

Jalaran saking anggènipun anglêmpakakên, maos utawi nêrangakên sadaya wau, ing ngriku lajêng sagêd andamêl pêpêthan dhatêng kawontênanipun tanah Jawi ing jaman atusan taun kapêngkêr.

Tumrap pandamêlipun babad wau, Tuwan Dr. Brandes ugi migunakakên buku warni-warni, kados ta: Babad Tanah Jawi, Babad Dipanagara, Babad Balambangan, Babad Cirêbon sasaminipun. Makatên ugi Tuwan Dr. Brandes ugi nyinau Pararaton, bukuning para nata ing jaman Buda.

--- 827 ---

Salêbêtipun anggarap wau sadaya, panjênênganipun dados juru ngrimat buku tuwin juru panitining buku sêratan tangan, lajêng nglêmpakakên buku Jawi tuwin Malayu sêratan tangan kathah, sadaya wau sami dipun sinau, kados ta: Damarwulan, Cênthini, Sêrat Kancil Bayan Budiman, Kalila dan Damina, Hikayat Bachtiar.

[Grafik]

Gambar ing nginggil punika saking kiwa manêngên: Dr. K.G.C. Crucql, Dr. K. Hidding, Tuwan E. Gobée (Adviseur Inl. Zaken), Dr. P. Voorhoeve, Dr. C. Hooykaas, Mr. Ch. J.I.M. Welter (pursitzr Bat. Genootschap), Dr. Purbacaraka, Prof. Dr. B.J.O. Schrieke (dhirèktur pangajaran), Ch. le Roux (sèkrêtaris Bat. Gen), Dr. G.W.J. Drewes, Prof. Dr. Husèn Jayadiningrat, Dr. G.F. Pijper.

Wêkasaning sugêngipun Tuwan Dr. Brandes wau, katingal bilih panjênênganipun satunggiling ahli patilasan-patilasan ing candhi Jago utawi Tumpang tuwin candhi Singasari lan Panataran, makatên ugi panjênênganipun ugi ahli candhi sanès-sanèsipun, kados ta: candhi Prambanan, Mêndut, Barabudhur tuwin Pawon.

Jalaran saking saening panggalihanipun Tuwan Dr. Brandes kalantipan tuwin kasrêgêpanipun nyêrat, panjênênganipun sagêd nyêbar kawruh warni-warni ing bab kawontênanipun tanah Jawi ing jaman kina.

--- 828 ---

Waosan Lare

Katliwêng Barêng

III. Danu Dani dadi juru tênun.

[Dhandhanggula]

lakuning wong tansah andalidir / anggêgawa barang warna-warna / ora kêndhat nganti sore / kocap Dani lan Danu / ing lakune ngêntèni dhisik / yèn wis ana timbalan / lagi kêna maju / wong loro nuli linggihan / lan anyawang uwong kang ambanyu mili / kabèh padha payonan //

saundure padha ninthing dhuwit / pating cêngkling nganti gawe tratab / ngilêr wong kang ora duwe / tansah agèdhèg Danu / nuli kôndha karo anjawil / coba Dani rasakna / wong samono iku / kabèh padha olèh bêgja / jênêng mokal yèn aku ngantia bali / ora anggawa bôndha //

Dani clathu bisik-bisik lirih / nanging uwong kuwi rak anggawa / barang kang ana wujude / balik kowe lan aku / rak mung bakal ngêdoli uni / yèn ora kabênêran / cangkêmmu ditapuk / lan bisa uga dibônda / wêkasane dibuwang sajêge urip / rèhning lawanan nata //

nanging coba bae dilakoni / alah kôndha dene bakal nyata / dadine bakal kapriye / ing kono nuli wêruh / ana uwong wedok marani / andhawuhke timbalan / didhawuhi maju / nuli maju loro pisan / salakune ketok gone tatag wani / ananging iya tata //

satêkaning ngarsa nata nuli / uwong loro nyêmbah bêbarêngan / nuli didangu mangkene / Hèh apa daganganmu / ingsun arsa anguningani / kene nuli wêtokna / nyêmbah matur Danu / kawula dagang kagunan / ingkang langkung elok tur amigunani / kaagêm para nata //

sang aprabu nuli dhawuh lirih / lan nêdahke pêpundhutan anyar / lah coba nyêdhaka mrene / tamatna aja kliru / gilo iki baludru bêcik / iki sutra pilihan / gilap kaya murub / lah apa sira ya bisa / mujudake barang kang ngungkuli iki / mêsthine iya ora //

Danu matur lan angguyu manis / jêng sinuhun manawi kawula / nganggêp sadaya sapele / tumraping juru tênun / kados kula yèn pun pamèri / barang kados punika / mung kêdah angguyu / botên gumun babarpisan / awit nadyan sae kenging pun padosi / lan gampil dipun tumbas //

sarêng kula juru tênun adi / adamêla kang langkung punika / namung kula garap ngedhe / sang prabu manthuk-manthuk / ing panggalih bangêt kadugi / lan ngandika abingah / dadi sira iku / juru tênun kang pêng-pêngan / Dani nyêla: pancèn inggih nyata gusti / kakang tuwin kawula //

sampun kathah kang dipun ladosi / tur sadaya inggih sami nata / ngantos dumugi samangke / wêlingan ambarubul / sang aprabu saya katarik / nuli alon ngandika / ingsun bangêt gumun / lan ingsun ya bangêt rêna / mara coba wujude wêtokna dhisik / ingsun arsa

--- 829 ---

uninga //

Danu matur: wujud kadospundi / ing salami kawula punika / botên niyata asade / kados ing limrahipun / damêl pola murih nênarik / yèn kula makatêna / botên nama langkung / nama taksih amangarah / murih tiyang kathah sami ngapengini / punika pun têbihna //

awit kula nama angladosi / ingkang têtêp anama lêngganan / ngantos dumugi samangke / lêngganan kula wau / para nata ing pundi-pundi / dados yèn kabrebela / dhatêng sanèsipun / kawula tamtu kadukan / mung sarèhning panjênêngan nata ugi / kula namung sumôngga //

kawula mung umatur sakêdhik / yèn sinuhun kaparêng ayasa / kula tênunkên kang sae / botên wontên kang nyundhul / saking sangêt gènipun adi / mênggah tênunan kula / tamtu damêl gumun / awit tumrap tiyang ewah / tuwin tiyang kang botên nyêkapi wajib / botên sagêd nyatakna //

nadyan mlêlêng utawi nyêlaki / ananging yèn pancèn tiyang ewah / lan bodho punapadene / têtêp botên sumurup / nanging tumrap kang waras-wiris / inggih katingal cêtha / tamtu malah gumun / awit upami padosa / botên wontên badhe kang makatên gusti / sumôngga kagaliha //

sang aprabu dhawuh klêsik-klêsik / wis ta ingsun nuli gawèkêna / dipoma sing bêcik dhewe / Danu amatur saguh / sampun tamtu punika gusti / Dani sumêla kôndha / kakang mungguh aku / bêcike nênun lawe mas / awit durung ana ratu andhawuhi / gawe bakal kancana //

sang aprabu ngandika nyêkikik / saka bingah dhawuhe katara / êlo mêsthi ngono kuwe / apa mungguh butuhmu / Danu Dani klêsik kalêsik / sajak etung-etungan / ing wusana matur / nun inggih tênunan enggal / tuwin êmas kintên wontên kalih kati / lan malih lawe sutra //

kabèh mau uwis dituruti / tênunane loro isih anyar / ana kadhaton ênggone / wong loro banjur mundur / lan anggawa êmas rong bithi / kôndha arêp go bakal / esuke ditênun / ing sawise têkan jaba / uwong loro padha guyon anjêgigik / karo tansah kanthenan //

Wara-wara

Ngaturi uninga dhatêng para priyantun lêngganan Kajawèn, bilih tanggal kaping 25 wulan kapêngkêr, administrasi ngintunakên blangko pos wisêl dhatêng para priyantun lêngganan ingkang dèrèng ambayar rêgining Kajawèn tumrap kuwartal kaping tiga ngajêng punika. Panuwunipun administrasi dhatêng ingkang sami nampèni kintunan wau, mugi kaparênga tumuntên ngisèni saha ngintunakên artanipun kados adat. Tumrap para priyantun lêngganan ingkang dêdalêm ing tanah Jawi tuwin Madura, administrasi badhe nyarantosakên pambayaripun ngantos tanggal 16 Juli, dene tumrap ingkang dêdalêm ing tanah sabrang, ngantos 31 Juli ngajêng punika. Langkungipun saking titimôngsa wau, manawi dèrèng ngintunakên bayaran, badhe botên kakintunan Kajawèn malih. Adm.

--- 830 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Kopêrasi

Sambêtipun Kajawèn nomêr 52.

Petruk: Saiki tak caritani mungguh kauntungane rèhpêrsun cara pribumi kang miturut kaya sing disêbut ana ing sêtatsêblad 1927 nomêr 91. Kang kapisan, olèhe rèhpêrsun kiyi, dalane gampang, tur ragade iya mung sathithik.

Garèng: Sasat ane, yèn kiyi dalane diangèl-angèl, sarta waragade digawe sapirang-pirang. Têmtune rak iya ora beda karo nglêbokake sakolah anake kae, tumrap sakolahan sing agake luwih akèh kauntungane tumrap bocah sakolah, kaya ta upamane, sakolahan: H.I.S, dalane supaya anake bisa lumêbu mrono kuwi, wah, iya kangelan bangêt: kudu putra priyayi, kudu asal, kudu anake wong sing kacukupan, lan isih akèh manèh thèthèk bêngèke, nanging nèk sakolahan ôngka loro utawa sakolahan desa, sing wulangane ora pati pênting bangêt, iya mung main: blang, blêng, blang, blêng bae.

[Grafik]

Petruk: Lo, kok banjur nyandhak sakolahan. Anggone diangèl-angèl bocah lumêbu sakolah H.I.S. sarta kudu dipilihi sing mêngkene sing mêngkene, kuwi marga saka sathithike sakolahan-sakolahan sing kaya mêngkono, ora jalaran saka arêp ambedak-bedakake siji-sijining bocah. Yèn sabên bocah blusak-blusuk bisa kalêbu ing H.I.S. kabèh, wah, hla kudu ana pirang H.I.S. bae ing tanah Indhonesiah kene. Ing môngka waragading sakolahan kaya ngono kuwi sathekruk bangêt, mêngko rak bisa kalakon, ora ngêmungake nagara nyuda dhuwit wuwuhan larange panggonan (Standplaatstoelage) nanging bisa uga dhuwit wutuhan mau dijabut babarpisan, malah-malah nèk ora kabênêran, bisa kalakon, blanjane para priyayine main dibon bae.

Garèng: Wayah, kok banjur rupa-rupa ngono sing dilèngsêngake, karêpku kôndha mêngkono mau, mung arêp anglairake kalumrahane ing donya kene, yaiku saya angèl panjangkane, saya murdika kadadeyane ing têmbe burine, wis,

--- 831 ---

critakna bae, apa manèh bêcike tumraping rèhpêrsun pribumi kuwi.

Petruk: Kang kapindho untunge pakumpulan sing olèh rèhpêrsun cara pribumi kuwi, banjur olèh wawênang kayadene wawênange wong bumi.

Garèng: Kuwi têgêse dipisuhi, dikêlèti, didhupak, dalasan didol nyang Dhèli pisan, iya kêna bae, ora ana sing bakal amrêduli.

Petruk: Omonganamu sing mêngkono kuwi, arane rak ora ngrêgani pisan karo panjagane nagara marang kawulane, lire: nagara ambuwang dhuwit pirang-pirang atus èwu nganakake pakaryan kang diwajibake nitipriksa anane wong nyambut gawe (Arbeidsinspectie) yaiku sawijining pakaryan, kang dipatah ngulat-ulatake lan angayomi kaanane para kaum buruh, kuwi rak amrih slamête. Dadi ing kene cêtha, ta, yèn nagara pancèn anjaga marang para kawulane, dene ana lêlakon sing ora bêcik, nganti ora kadênangan, kuwi rak dudu salahe kang wajib. Sing tak arani: wawênange wong bumi, mungguhing wawasanaku, kuwi sawijining wawênang sing makolèhi bangêt, awit ing kono banjur duwe wawênang anduwèni lêmah utawa anggadhe lêmah.

Garèng: Aku iya pracaya, Truk, nèk pranatan sing kaya mangkono kuwi pancèn bêcik bangêt, yaiku salah sawijine ihtiyaring nagara arêp anjaga lêmahe para kawulane aja nganti kacandhak ing bôngsa liya, ewadene akèh bae lêmah sing tiba nang tangane bôngsa Walônda utawa bôngsa liya-liyane, sing nagara sagêde mung malongo thok bae, kaya ta: lêmah sing dadi duwèking wong mônca sarana nganggo jênênge gundhike.

Petruk: Kuwi wis lumrah, Rèng. Jalaran sabên ana pranatan kang ancase angrêksa, angayomi, anjaga lan sapiturute, kuwi ora kêna ora têmtu banjur ana akalan sarta budidaya kang murih bisane mrojol saka ancasing pranatan mau. Anane Walônda utawa bôngsa mônca bisa anduwèni lêmah, kang sarana nganggo jênênge gundhike, kuwi rak padha bae karo lêlakonmu ing bab pangrêksaning omahmu dhewe kae. Kaya-kaya rak iya wis ora kakurangan anggonmu anjaga supaya omahmu aja nganti klêbon durjana, ewadene iya mêksa bisa kêbobolan. Hara, yèn nganti kêbobolan mangkono mau, apa kiyi iya salahmu, rak ora, ta. Mêngkono uga mungguh nagara.

Garèng: Hêm, kok iya ana-ana bae, sing kanggo mangsuli, iya wis, aku tak ngalah. Saiki caritakna sing dadi prajangjiane murih bisane olèh rèhpêrsun cara Inlandêr mau.

Petruk: Supaya bisane olèh rèhpêrsun kiyi, kudu anyaguhi, yèn pakumpulane tansah diulat-ulatake dening nagara. Mungguh karêpe: pakumpulan mau kudu bisa nanggung, supaya amtênaring nagara sing diwajibake ngulat-ulatake sakabèhing pakumpulan kopêrasi, yaiku adpisur credietwezen lan kopêrasi, bisa anitipriksa anane buku-buku [buku-bu...]

--- 832 ---

[...ku] sarta kabudidayane kang kanthi satêmên-têmêne.

Garèng: Gandrik, kacandhak saiki buntêlane, iya wis ngono kuwi, salawase apa-apa kuwi anggêre tumrap wong bumi, iya mêsthi banjur kudu ana sing nitipriksa, sing ngintip-intip, nanging nèk bôngsa liya iya mung: dipringake bae. Tandhane nèk ana wong bumi arêp duwe gawe upamane, kuwi mêsthi dititipriksa bangêt, apa nganggo main, bakaran, dhomino, lan sapadhane, nanging nèk ana ing kamar bolah Lônda, sanadyan ing kono ana mainan sing mati-matian, iya ora ana sing arêp mrêduli setan.

Petruk: Lo kowe aja kaliru tômpa, Rèng, anggone nagara ngêngèl-êngèl anggone wong Jawa padha main, kuwi iya sawijining panjaga, awit umume pamêtune mung sathithik, tur sok ora anduwèni duga prayoga, nèk nganti dijor bae anggone main, mêngko rak bisa gawe kêrusakan. Seje karo bôngsa Walônda, sing akèh-akèh pamêtune rak cukup, sarta anduwèni duga prayoga.

Garèng: Nèk ngono kuwi aku iya ngandêl, nanging saikine pakumpulan kopêrasi kudu diulat-ulatake dening amtênaring nagara, kuwi apa iya arêp anjaga, apa mung arêp nyiluk bah bae, apa kêpriye.

Petruk: Wis mêsthi yèn ana karêpe sing bêcik, liya dina bae tak andharake nyang kowe.

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah

Nyêgah pragatan rajakaya èstri

Pakaryan kadhoktêran kewan, nguningani bilih kawontênanipun pragatan rajakaya èstri ing Batawi tuwin Mèstêr Kornèlês saya mindhak kathah. Môngka mênggahing rajakaya èstri punika kengingipun kapragat namung ingkang sampun botên migunani ing damêl utawi sampun botên sagêd nurunakên. Wontênipun tindak kados makatên, amargi tumraping panyade, daginging kewan èstri sagêd adamêl bathi kathah. Bab punika lajêng badhe dipun taliti sangêt dening ingkang wajib, awit tumrap ing Batawi, rajakaya èstri ingkang kapragat ngantos 54 prêsèn, ing Mèstêr Kornèlês 80 prêsèn.

Mr. Fruin kasangsaran.

Kawartosakên Mr. Fruin pangarsa Vaderlandsche Club, sampun sawatawis dintên manggih kasangsaran oto wontên ing Puncak. Tuwan Fruin tatu pintên-pintên panggenan, nyonyahipun putung balungipun iga satunggal tuwin balung tangan satunggal. Sadaya lajêng sami kabêkta dhatêng klinikipun Dhoktêr Adam.

Pêpajênganing lotre rêndhêt.

Dumugi sapunika pêpajênganing lotre arta rêndhêt, botên kados ingkang sampun, kakintên sawêg pajêng sapratigan. Dados taksih nisa 130.000 lêmbar. Wontênipun mundur wau, kakintên jalaran kathah tiyang sênêng ngêntosi wêdalipun lot sasampunipun lotre sapunika, amargi pangajêng-ajênganipun langkung kathah.

Wulangan ing Technische school ing Sêmarang dados 4 taun.

Kawartosakên. Bilih wulangan ing Technische school ing Sêmarang ing taun pangajaran punika, dados wiwit ing wulan Juli, badhe kaindhakan dados wulangan kawan taun, rumiyin namung tigang taun. Mila inggih badhe nyuwun indhaking subsidhi.

Rêdi mêrapi ing Sumatrah kumukus.

Kawartosakên, ing Parangpanjang karaos lindu ragi sêru kaping kalih, ing rêdi mêrapi katingal ngêdalakên kukus.

--- 833 ---

Kabêsmèn patêbon.

Ing kabudidayan Sindhanglaut mêntas wontên kabêsmèn patêbon malih. Tuwuhing kêbêsmèn makatên punika, botên liya jalaran saking wontên lêlampahan ingkang andhêdhêri sêriking tiyang.

Lid polêksêrad enggal.

Kawartosakên, Tuwan Ir. F.L.P.G. Fournier up insinyur pakaryan tilpun tuwin tilgram, kaangkat dados lid polêksêrad.

Mr. Kusuma Sumantri kasingkirakên dhatêng Bandhah.

Kawartosakên Mr. Radèn Kusuma Sumantri, adpokat tuwin pokrul ingkang wêkasanipun manggèn ing Medhan, ingkang sapunika dipun tahan wontên ing pakunjaran, ugi ing Medhan, prêlu kangge katêntrêman umum, badhe kasingkirakên dhatêng Bandhah.

Balanjanipun priyantun B.B. pribumi.

Kawartosakên, pakêmpalaning priyayi B.B. ngangkat satunggiling kumisi, niti balanjaning punggawa nagari B.B. wiwit pambantu dumugi bupati. Angsal-angsalaning paniti, usulipun kaaturna dhatêng upbêstir. Ingkang badhe nindakakên saprêlunipun. Ngantos dumugining têngah-têngahanipun wulan Juli sadaya apdhèling wau kenging ngaturakên usul dhatêng kumisi, inggih punika: Radèn Prawata, patih Banjarnagara, pursitêr. Radèn Uripan, wadana kitha Lamongan. K. Sunarya, wadana Tangêrang tuwin Zainal Abidin dêmang kapuloan sajawinipun tanah Jawi, sadaya sami lid.

Bab panyadening karcis S.S.

Saking rêrigênipun S.S. murih anggampilakên caraning tumbas karcis, tiyang sagêd tumbas karcis lumantar ing hotèl utawi kantor-kantor jujuganing tiyang andon lêlana. Tataning panyade wau cara tindak kumisi, ingkang nyadèkakên angsal 10 prêsèn. Tindak makatên wau andadosakên kamajêngan. Kala wulan Mèi S.S. sagêd nyade karcis 3264, angsal-angsalaning arta f 23.503.-

Sabin pusa.

Sabin-sabin ing bawah Nganjuk sisih lèr sami pusa (katêdha ama bêluk) ngantos maèwu-èwu bau. Kapitunanipun kathah sangêt. Wontênipun pinanggih makatên, kintên-kintên jalaran saking kêkirangan toya. (K)

H.B.S. - A.M.S. enggal.

Kawartosakên H.B.S. - A.M.S enggal ing Malang badhe kabikak benjing wulan Oktobêr.

Arta katlisut.

Wontên pawartos, kas rêgènsêkap sêrad ing Kraksaan, artanipun pinanggih kirang f 3000.-

Ir. Sukarna abdhe kaajêngakên dhatêng pangadilan.

Kawartosakên, bilih benjing tanggal kaping 17 wulan punika, landrad ing Bandhung ingkang dipun pangarsani Mr. Siegenbeek badhe mriksa prakawisipun Ir. Sukarna, Tuwan Gathot Mangkupraja, Supriwinata tuwin Maskun, sadaya sami sawung P.N.I. Tumrap papriksan punika, Ir. Sukarna badhe ambantah piyambak, tumrap sanès-sanèsipun badhe dipun êmbani Mr. Sartana, pangarsa P.N.I. apdhèling Batawi.

Lare ukuman minggat.

Pulisi ing Klathèn mêntas nyêpêng lare ukuman inggatan saking pakunjaran lare ing Ngawi, lare wau kêra sangêt, jalaran salêbêtipun kawan dintên namung nêdha wowohan, sêdyanipun badhe wangsul dhatêng Tasikmalayah. Lare lajêng kawangsulakên dhatêng Ngawi. Ugi tansah wontên kancanipun kêkalih ingkang dèrèng kacêpêng.

Asiah

Pêrangan ing Lung Abirilwe.

Syanghai 25 Juni (K.P). prajurit nagari ing Lunghai ngangsêg, sagêd ngèngsêrakên mêngsah, pangangsêgipun sampun sagêd ngantos 45 mil dhatêng Kaipèng. Mêngsah badhe ambêk pêjah ngêkahi kitha wau.

Syang Kai Sèk prentah gajêngakên prajurit nagari tigang golongan, têngah, kiwa tuwin têngên, supados tumuntên sagêd ngrêbat Kaipèng. Panjênênganipun nindhihi piyambak.

Kawartosakên salêbêtipun kitha Kaipèng wiwit ribêd.

Ing sapunika ing watês Pinghan sampun botên wontên pêpêrangan, awit badhe ngêntosi rampunging paprangan ing watês Lunghai.

Gêgayutan kalihan ebah-ebahan Gandhi. Nêdha wangsul arta ing bang Inggris.

Bombai 26 Juni (Spec. Reuter). Parêpataning mirunggan, Cotton Brokers Association ing Bombai ngênthêlakên rêmbag, para sudagar bôngsa Indhu sami badhe nêdha wangsuling arta ingkang sumimpên ing bang Inggris. Ing sadèrèngipun tanggal 1 Juli para têtiyang Indhu sami kèndêl anggènipun gêgayutan kalihan bang.

Pulisi nglêpasi sanjata.

Madras 26 Juni (Aneta Reuter). Pulisi sasampunipun nyêpêng prajurit manasuka 7 kapêksa nyanjata dhatêng golonganing tiyang 3000 ingkang sami arak-arakan. Wontên arak-arakan sagolongan ingkang bibar, tiyang ingkang nandhang tatu 13.

Ura-uru.

Ranggun 26 Juni (Aneta Reuter). Wontên têtiyang ukuman sami damêl ura-uru, kintên-kintên jalaranipun saking bab anggènipun sami muring-muring sarêng mirêng karampunganing rêpotsimon.

--- 834 ---

Wêwaosan

Sintên ingkang wajib kantun

7.

Ing ngriku manahipun Tuwan Harwey saya pêtêng, badhe pados têtimbangan, botên wontên tiyang sanès, kajawi namung jongosipun rumiyin, ingkang sapunika sampun dipun undang mriku.

Jongosipun wau pancèn satunggiling rencang ingkang sêtya dhatêng bandara, salaminipun tansah ngulat-ulatakên dhatêng polataning bandara, sabên katingal pêtêng sakêdhik kemawon, lajêng madosi sabab-sababipun, manawi sampun sagêd pinanggih saha sagêd ngêngimur bandaranaipun, rumaos lêga ing manah. Nanging sagêdhagan punika pun jongos inggih rumaos judhêg, awit sampun dipun salusur pintên-pintên dintên, mêksa botên sagêd manggihakên ingkang andadosakên sababipun, wusana ing nalika nuju ngladosi dhahar kêpêksa pitakèn, têmbungipun: Bandara, kula punika sampun dangu sangêt anggèn kula ngabdi panjênêngan, kados botên wontên awonipun saupami kula gadhah atur pitakèn dhatêng panjênêngan. Bandara, sampun sawatawis dintên punika panjênêngan katingal anjêgrêg kemawon, dhahar botên nate kathah, manawi sare katingalipun botên sakeca. Punika sababipun punapa.

Tuwan Harwey mirêng pitakenaning jongos ingkang kados makatên wau namung kèndêl kemawon, awit saupami badhe prasaja, badhe punapa pikantukipun, ingatasing rencang badhe sagêd urun rêmbag punapa, tiwas ngêculna wêwados, pikantukipun namung badhe kados bêbasan: ngêsokakên toya ing kalo, botên sande namung badhe ambarabas wutah dhatêng pundi-pundi, ingkang wêkasanipun namung badhe dados kapitunanipun piyambak. Dados inggih namung kèndêl kemawon.

Jongos botên kêndhat anggènipun pados rekadaya murih lipuring bandaranipun, lajêng usul rêmbag sanès: Bandara, kula sawang-sawang panjênêngan punika sampun diwasa, eman sangêt anggèn panjênêngan wontên ing ngriki tanpa kanthi ...

Dèrèng ngantos dumugi anggènipun wicantên pun jongos, Tuwan Harwey lajêng munggêl: Wis, wis, aja kobacutake, mêsthine bacute kuwi prakara jêjodhoan.

Jongos rumaos gêla sangêt dipun punggêl ginêmipun, nanging sarèhning rumaos mêmpêng, nuntên anglajêngakên malih: Kados ing Amerikah botên kirang wanita ingkang kados widadari, ingkang sukunipun tarincing, ingkang polatanipun manis kados sêtrup.

Nalika jongos mungêl dumugi: trup, kasarêngan dipun bungkêm Tuwan Harwey kalihan wicantên: Kowe ora usah ambadhut ana ngarêpanaku. Hih.

Sasampunipun wicantên makatên, Tuwan Harwey lajêng kesah.

Jongos ngantos andombêlong, sakêdhap nyawang bandaranipun, sakêdhap nyawang rampadan ing meja, wusana lajêng garunêngan piyambak kalihan ngundur-undurakên: hêh, angèle ora dimarèn-marèn.

V. Nimbang lêrês lêpat.

Pêtêng padhanging manahipun tiyang punika sagêd katitik wontên ing ulatipun, awit mênggahing ulat, pinanggihipun tansah gêgandhengan kalihan osiking manah, tiyang susah botên sagêd awanda sumèh, kosok-wangsulipun tiyang ingkang nuju sênêng ing manah, sanadyan botên rumaos anjarag, sakêdhap-sakêdhap inggih tansah kalècêm gumujêng, tamtu kemawon mênggahing Tuwan Harwey ulatipun awanda pêtêng, awit ing dalêm manah tansah ngandhut pikiran ingkang adamêl botên sênêng.

Ing sapunika Tuwan Harwey ngrumaosi, bilih tiyang tanpa kanthi punika, manawi manggih èwêd pakèwêd, angèl anggènipun manggih pêpadhang, tuwin ngrumaosi bilih mitra-mitra darma punika satunggiling juru panimbang ingkang ngadil, mênggah wosing panggagasipun wau lajêng anjog angèngêti dhatêng Tuwan Smith.

Panggagasipun Tuwan Harwey: pêtênging atiku kang kaya ngene iki kang bisa madhangake ora ana manèh kajaba mung Smith. Dhèwèke wis rambah-rambah agawe padhanging atiku, kang anjalari dadi kacukupanku. Upama aja anaa dhèwèke, apa ciptaku mêsthi cabar. Dadi saupama bab iki tak jalukake panimbang ing dhèwèke iya bisa madhangake.

Anggènipun Tuwan Harwey anggagas makatên wau kalihan linggih sôngga uwang tangan tumumpang ing meja, mripatipun tanpa kêndhat tansah nyawang lumahing sagantên, ingkang katingal angalangut tanpa wêkasan. Dayaning sawangan wiyar, manahipun Tuwan Harwey linggih lajêng araos kobèt, malah lajêng tuwuh ing manah, èngêt dhatêng nagari wutah rahipun. Ing salêbêt anggagas makatên wau, panyawangipun dhatêng sagantên tanpa kêdhèp, wusana lajêng ngucêg mripatipun kalihan wicantên piyambakan: Kang pêtêng-pêtêng iki apa, apa pancèn tuwuh saka kaliruning panduluku, apa pancèn têmênan. Dangu-dangu pandulunipun cêtha, lajêng ngadêg nyat kalihan wicantên satêngah anjêlèh: La dalah, Smith têka. Nah, saiki wis cêtha yèn kapal. (Badhe kasambêtan)

--- [835] ---

Ôngka 54, 7 Sapar, Taun Jimawal 1861, 5 Juli 1930, Taun V.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50. Bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Ngobrol ing Dintên Sabtu

Wontên paribasan Inggris ingkang ungêlipun makatên: Where is a will, there is a way, mênggah têgêsipun paribasan wau, wèntèhipun, kintên-kintên makatên: sapa sing gêlêm mêsthi nêmu dalane, bokmanawi mênggahing kula makatên, kintên-kintên inggih sami kalihan wajidah wajidahu, têgêsipun: sapa têmên tinêmênan. Paribasan punika pancèn inggih sok sagêd nêmahi sayêktos, nanging inggih kêdah wontên gêgandhenganipun. Dados botên ngêmungakên gumantung dhatêng katêmênan sarta kêncênging pikajênganipun kemawon, nanging ugi kêdah gandhèng kalihan bêgja tuwin èncèring utêkipun. Mênggahing pamanggih kula, tiga-tiga pisan punika kêdah tansah gêgandhengan, manawi salah satunggalipun anyingkiri, ingkang dipun sêdyakakên inggih botên sagêd kadumugèn sayêktos. Kêncênging kajêng tuwin èncèring utêk: wontên, nanging botên wontên bêgjanipun, contonipun kula piyambak, nalika taksih nèm kula, pangajêng-ajêng kula sagêda dados upsir, ing pangraos: kapintêran kula sampun anyêkapi, pikajêng inggih kêncêng, nanging sarêng dipun priksa ing dhoktêr, jêbul jêbul dipun ngandikakakên dening tuwan dhoktêr, manawi suku kula punika ... pengkor, dados pangajêng-ajêng kula wau inggih lajêng botên sagêd kadumugèn, jalaranipun botên sanès inggih sabab dipun tilar dening salah satunggilipun wau, ing ngriki ingkang nama: pak bêgja, samangke bêgja tuwin pikajêng wontên, nanging kasagêdanipun kirang, punika botên ngêmungakên sok lêpat ing panjangkanipun, nanging manawi botên kalêrêsan, sok andrawasi. Upaminipun: satunggiling panuntun: bêgjanipun wontên, tôndha yêktinipun, sakêdhap kemawon sampun kawêntar namanipun. Pikajêngipun kêncêng, buktinipun: sabên wontên bêrgadêring têmtu wontên, lan têmtu adamêl sêsorah. Nanging kapintêranipun kirang, punika botên watawis dangu sêsorahipun lajêng kêplèsèd, ingkang wusananipun lajêng kapêksa kêdah plêsir dhatêng ... Dhigul. Makatên ugi: bêgja wontên, kapintêranipun cêkap, nanging kêndho ing pikajênganipun, punika inggih sok ambibrah-bibrahakên programah, upaminipun: bêgja wontên, jalaran putra bupati tur kathah gêgayutanipun kalihan para pangagêng, punika sanadyan dèrèng wancinipun sampun sagêd katêtêpakên dados bupati, kapintêranipun inggih anyêkapi, upaminipun kemawon sampun lulus anggènipun sêkolah ing bêstirsêkul ing Batawi, nanging pikajênganipun kêndho, ing wusana inggih sagêd kalampahan dados ... panji klanthung, aliyas tiyang anggur-angguran.

Nitik andharan kula ing ngajêng, ing ngriku têtela, murih paribasan Inggris kasbut nginggil sagêd nêmahi kados pikajênganipun ingkang sayêktosan, tiyang kêdah anggadhahi dhêdhasar têtiga wau, inggih punika: kêncênging kajêng, pintêr lan bêgja. Kados pintên-pintên cariyos ingkang minôngka têtuladaning tiyang, ingkang jalaran saking kêncênging pikajênganipun, ing wusana sagêd kadumugèn ing sêdyanipun, nanging dhêdhasar kalih wau, inggih punika: bêgja kalihan pintêr inggih tansah gandhèng kunca kemawon. Kados ta cariyosipun Napoleon Bonaparte, para maos têmtunipun inggih sampun sami anguningani sadaya. Ingatasipun namung anak adpokat dhusun kemawon, [kema...]

--- 836 ---

[...won,] têka anggadhahi panjôngka kêpengin jumênêng nata, ewasamantên jalaran saking kêncênging panggalihanipun ingkang tansah gêgandhengan kalihan kabêgjan ingkang langkung saking mêsthinipun, tuwin kasagêdan ingkang punjul, wusana inggih sagêd jumênêng narpati saèstu, sanadyan jumênêngipun wau botên sagêd langgêng. Ing bab kêncênging panggalihanipun Napoleon sampun kacêtha ing lêlampahan warni-warni. Kados ta: nalika timuripun, saking kêpenginipun dados upsir, ing môngka ingkang kangge waragadipun botên wontên, ewadene inggih mêksa sagêd kalêksanan, sanadyan sarana tindak ingkang rêkaos sangêt. Lan taksih kathah malih tuladha-tuladhanipun ingkang anelakakên kakêncênganing panggalihanipun wau. Mênggahing kapintêranipun, ing kala punika mila inggih botên wontên tiyang ingkang ngungkuli Napoleon mênggahing kasagêdanipun tumrap kawruh kaprajuritan. Bêgjanipun, dene kalêrêsan ing kala samantên jamanipun dahuru agêng, botên wontên ingkang sagêd nyirêp utawi nêntrêmakên praja kados ing suwau-waunipun malih kajawi panjênênganipun Napoleon, amila pungkasanipun Sang Napoleon wau inggih sagêd kadumugèn ing sêdyanipun, inggih punika jumênêng nata.

Beda kalihan kathah-kathahing tiyang, pikajênganipun: sathekruk, kapintêranipun: wontên, nanging bêgjanipun ingkang asring sok nêbihi, dilalah, narik malih sagêda, tumbas lotre, nomêripun mèmpêr kemawon têka inggih botên.

Wontên malih cariyos ingkang anèh sangêt, inggih punika cariyosipun Nonah Amerikah ingkang nama Helen Keller. Sanadyan nonah wau budhêg sarta bisu, nanging jalaran saking kêncênging manahipun, lantiping panggraitanipun tuwin agênging bêgjanipun, ing wusana sagêd dados juru ngarang ingkang kasuwur ing jagad.

Samangke gantos rêmbag. Sintên antawisipun bôngsa kula Jawi ingkang botên sagumuk agênging panggalihipun, manawi mirêng utawi anguningani kawontênanipun sadhèrèk têtiga, ingkang gambaripun kacêtha wontên ing sisih punika, inggih punika: ingkang lênggah ing kursi, sadhèrèk ingkang sêpuh piyambak: Radèn Sutama, dhoktêr ing Surabaya, ingkang ngasta guru ing pamulangan calon dhoktêr (N.I.A.S.) ing Surabaya. Kajawi punika panjênênganipun Radèn Sutama wau ugi dados pangarsaning pakêmpalan sêtudhiklêb (studieclub) ing Surabaya. Bab kawontênanipun Radèn Sutama, tandangipun wontên ing sêtudhiklêb, tuwin lêlabêtanipun dhatêng bôngsa kula Jawi sadaya, kados para maos botên sami kêkilapan. Amila ing ngriki namung badhe kaandharakên sawatawis punapa ingkang sampun katindakakên tuwin dipun adani dening sêtudhiklêb, pakêmpalan ingkang dipun tutun dening Radèn Sutama wau, inggih punika: dening sêtudhiklêb sampun kaêdêgakên: sêkolahan nênun, griya pamondhokan tiyang èstri, bang-bang kopêrasi, griya pondhokan tumrap lare jalêr kalih iji, griya pondhokan tumrap lare èstri satunggal, lan sampun kasupèn wontênipun: bang nasional, ingkang têmtu badhe agêng sangêt gunanipun tumrap bôngsa kula Jawi sadaya, kajawi punika adêging komite gêdhong nasional, ingkang sêdyanipun badhe ngawontênakên griya tumrap kaprêluanipun pakêmpalan-pakêmpalan kabangsan ing pundi-pundi panggenan, ingkang sami ambêtahakên wau, punika ugi saking pambudidayanipun Radèn Sutama. Samantên mênggah lêlabêtanipun Radèn Sutama tumrap bôngsa kula punika, amila sampun dados wajib kula sadaya angaturakên gênging panuwun dhatêng Radèn Sutama mênggah ing lêlabêtanipun wau. Kanthi mêmuji mugi-mugi lêstantuna anggèning nindakakên padamêlan ingkang utami wau.

[Grafik]

Mênggah pikantuking wawasan kula, tumrap Radèn Dhoktêr Sutama, dhêdhasar tiga, kados ingkang kula aturakên ing ngajêng, inggih punika: kêncênging kajêng, bêgja punapadene pintêr, punika sampun rumasuk ing sariranipun. Tumrapipun tiyang sanès, têmtu amastani, bilih panjênênganipun Radèn Dhoktêr Sutama, punika satunggiling tiyang ingkang bêgja, ingkang sênêng gêsangipun wontên ing donya punika. Lairipun mila makatên, jalaran katingalipun: brêgas, kajèn kèringan, ingaji-aji ing tiyang lan sapiturutipun. Nanging mênggahing kula ing batos kintên-kintên botên sakeca, punapa malih manawi ngèngêti, bilih ing donya ngriki kathah Durnanipun, langkung-langkung para Durna ingkang taksih sanak kalihan Êmbah Baron Sêkèndhêr, ingkang damêlipun namung badhe mupuri lêndhut dhatêng para panuntun ingkang manggalih sayêktos dhatêng kacingkranganing bangsanipun, [bang...]

--- 837 ---

[...sanipun,] punika tiyang kados Radèn Sutama wau, rintên dalu kêdah tansah ngatos-atos tuwin anjagi dhatêng tondak-tandukipun sabên dintên, awit manawi malèsèd sakêdhik kemawon, sanadyan paribasanipun namung samrutu agêngipun, nanging wusananipun sagêd kalampahan dados sagajah tèji sayêktos.

Samangke sadhèrèk ingkang ôngka 2, inggih punika ingkang jumênêng wontên ing têngênipun Radèn Sutama, punika Radèn Dhoktêr Susila. Sanadyan asmanipun dèrèng patos kasumêrêpan ing ngakathah, nanging sajatosipun lêlabêtanipun dhatêng tanah Indhonesiah nama agêng sangêt, tôndha yêktinipun: dèrèng dangu punika panjênênganipun dening nagari kawisudha dados pangagênging pakaryan panyêgahipun sêsakit malariah.

Dene sadhèrèk ingkang ôngka tiga, Radèn Dr. Suratma, dhoktêr kewan, ingkang dèrèng dangu punika katêtêpakên dados pangagênging pajagalan ing gumintê Batawi. Pangkat punika salaminipun kacêpêng ing dhoktêr kewan Walandi, ingkang sampun jêmbar sêsêrêpanipun. Sawêg samangke padamêlan ingkang saklangkung agêng têtanggêlanipun wau, katindakakên dening priyantun Jawi.

Miturut andharan punika, paribasan Inggris Where is a will there is a way pantês upami kaêcakna dhatêng priyantun têtiga wau, awit tiga-tiganipun pisan, sajak sami kagungan dhêdhasar tiga kasbut nginggil, inggih punika: kêncênging kajêng, pintêr tuwin bêgja.

Minôngka mungkasi obrolan kula punika, ing ngriki kados prêlu kacariyosakên, bilih sadhèrèk têtiga wau sami putranipun suwargi Radèn Suwaji, wadana ing Maospati. Dene putranipun suwargi Radèn Suwaji sadaya wontên 7, ingkang tiga sampun kasbut ing ngajêng, dene sanèsipun, inggih punika garwanipun suwargi Dr. Gunawan Mangunkusuma. Garwanipun Radèn Ir. Suratin, Radèn Rara Sri Umiyati, satunggiling wanita Jawi ingkang sampun angsal Hoofdacte tumrap guru Walandi, saha Radèn Rara Siti Sundari, ingkang samangke taksih sinau wontên ing pamulangan pangadilan luhur ing nagari Walandi.

Sampun samantên kemawon, sanès dintên ngobrol malih.

S.m.t.

Bab Ringgit

Bathara Brama

Bathara Brama punika putranipun Bathara Guru, sakalangkung sinêkti, inggih sinêbut dewaning latu, mila Hyang Brama manawi ngêdalakên pangabaran inggih awarni latu.

Nalika Hyang Brama angejawantah jumênêng nata ajêjuluk Sri Maharaja Sundha, prajanipun ing Mêdhanggili. Sêsarêngan kalihan pangejawantahipun para dewa kadang sadaya, ugi jumênêng nata utawi mêngku nagari piyambak-piyambak. Wontênipun makatên, amargi kala jaman dèrèng wontên para nata, ingkang mulabukani wontênipun nata amêngku paprentahan inggih para dewa wau.

Sang Hyang Brama punika garwanipun kathah, inggih pêputra kathah, tumêngkaring putra lajêng nêrahakên dumugi para Pandhawa, ugi gêgayutan kalihan têdhak Wisnu. Mila tumrap para nata tuwin sinatriya ing têmbe wingkingipun tamtu wontên aluraning têdhak Brama lan Wisnu.

Ing bab wontêning wêca bilih Hyang Brama tuwin Wisnu ingkang pinasthi mancêri wiji tanah Jawi, makatên: kacariyos nalika jamaning para dewa sami ngejawantah jumênêng nata, nuju sawêg kêmpalan among suka tuwin ambèbèr kalangkungan, wontên cahya katingal ngadêg satêngahing pakêmpalan, dangu-dangu katingal saya inggil, para nata sami gawok ing galih, cahya rinanggèh malah saya panjang, malah lajêng saya manginggil bêblês ing gagana. Para nata sadaya lajêng anjêmparingi cahya, nanging ugi tanpa damêl, badhe dipun sirnakakên tansah karepotan.

Ing ngriku Sri Maharaja Suman, inggih Hyang Wisnu, lajêng [la...]

--- 838 ---

[...jêng] tiwikrama dados waraha, lajêng andhukiri siti, kaparêngipun badhe madosi poking cahya, supados rêbah. Nanging sanadyan dumugi dhasaring siti pisan mêksa tanpa wasana.

Makatên ugi Sri Maharaja Sundha, sarêng ingkang rayi Sri Maharaja Suman ambêlês ing siti, Sri Maharaja Sundha lajêng dados pêksi ulung muluk angumbara wêkasan ngungkuli pucaking cahya, lajêng sinambêr sirna botên katingal. Wusana cahya pinanggih wontên ing sagantên, Sri Maharaja Sundha tansah ngangsêg kemawon, ing ngriku lajêng pinanggih kalihan ingkang rayi Sri Maharaja Suman, sampun sami wangsul anggèning warni waraha tuwin pêksi, lajêng wartos-winartosan. Botên dangu katingal wontên tiyang èstri endah ing warni, matur nama Dèwi Pratiwi, lajêng dipun dangu, punapa sumêrêp kadadosaning cahya. Aturipun: Pukulun, punika cahyaning lingga manik ingkang manggèn wontên sadhasaring bumi, ing kinanipun kagunganipun Hyang Wisesa. Mila lingga manik angêdalakên cahya, punika dados pratôndha bilih para jawata badhe pasulayan, dene wontênipun cahya lajêng sirêp dening paduka sakalihan, punika dados pratôndha bilih paduka sakalihan ingkang ambawani bawana ngantos têrah-tumêrah namung têdhak paduka sakalihan.

Wêca makatên wau kalêksanan, para nata gangsal lajêng sami pasulayan rêmbag. Nanging dangu-dangu ingkang jumênêng nata misesani namung Hyang Brama, jêjuluk Maharaja Prajapati. Nanging wusananipun Hyang Brama lajêng wangsul muksa, dening kasoran kalihan pangejawantahipun Sang Hyang Siwah.

Sang Hyang Brama pangejawantahipun inggih wongsal-wangsul, nanging ing ngriki botên kacariyosakên. Sarêng sampun kathah têdhak Brama, lajêng botên ngejawantah malih tuwin botên manuksma. Sarêng jamaning para Pandhawa, Hyang Brama awis dados cêcariyosan, tumrapipun wontên pawayangan namung kala-kala tumêdhak.

[Grafik]

Sang Hyang Brama.

Mênggah kapitadosan Jawi, Hyang Brama punika dados pêpindhaning kanêpson. Mila kaupamèkakên dados dewaning latu, atêgês latu punika hawa napsu, lêrês lêpatipun kasumanggakakên dhatêng para maos.

--- 839 ---

Raos Jawi

Pôncasona

Kados para maos botên kêkilapan mênggah ingkang kawastanan pôncasona. Miturut cariyos padhalangan inggih punika nama satunggaling aji ingkang pêng-pêngan sayêktos. Wondene ingkang kanggenan rumiyinipun Sang Bagawan Wre Subali, lajêng tumimbal dhatêng Sang Prabu Dasamuka. Miturut dêdongengan: sintên ingkang kanggenan aji wau, botên badhe sagêd pêjah ing salaminipun, waton taksih ngambah siti, tuwin yèn dèrèng ical aji wau.

Ingkang makatên wau mênggah cundhukipun lan raos Jawi kados ragi mathuk. Kauningana: mênggah sadaya dongèng ingkang wontên padhalangan, punika pancèn kathah gubahan saking para wali (jaman Dêmak) jêr panjênênganipun ingkang kagilut namung bangsaning raos. Inggih raosing agêsang tuwin kasidan jati. Môngka jaman samantên para pribumi mèh kathah ingkang dèrèng purun (doyan) dhatêng kawruh utawi piwulang ingkang maedahi. Pramila karsanipun para wali, sadaya piwulang lajêng sinamun wontên padhalangan, tuwin ing sêrat-sêrat suluk, namung mamrih dipun ajêngana dening para pribumi. Kasarêng ugi lan ngewahi wêwangunaning ringgit kadhapur miring, ing ngriku ngêmu raos sadaya wau kêdah adhêdhasar miring, têgêsipun sampun angêngkoki ... kêplasipun sumôngga para nupiksa.

Ananging tindak ingkang makatên wau, malah anênanêm ing gugon tuhon. Tôndha saksinipun kathah kemawon para kaum krama ingkang kapilut dhatêng cariyos ringgit dalah sawandanipun, kenging kaupamèkakên kèndhêm kèrêm lair batos. Môngka upami dipun têgêsi sadaya praboting padhalangan, kados ta: kêlir, blencong, wayang, kothak, ngantos bibar mawi golèk, punika raosipun botên badhe malèsèd lan kaanan kita. Ingkang makatên wau kados para maos sampun sami angêcupi.

Mangsuli bab pôncasona, jarwanipun: pônca = lima, sona = sêgawon. Dados sêgawon gangsal, wondene bab aji, ragi pakèwêd anggèn kula ngêtrapakên. Jêr aji ing kinanipun manjing sajiwa-raga, bokmanawi kados gêsanging kêmladhehan (nunut) pramila ing ngriki kula gêrba dumunung wontên kêlakuan (watak) dados wêrdinipun gadhah aji pôncasona: sami kalihan gadhah wêwatêkan sagawon gangsal. Adhuh, môngka watak sagawon satunggal kemawon sampun nobatakên, gèk gangsal pisan, harak saya ngedap-edapakên. Wangsul ingkang gadhah aji wau inggih punika Sang Prabu Dasamuka, jarwanipun dasa = sapuluh, muka = rai. Punika pancèn sampun samêsthinipun, mênggah gadhah watak sagawon gangsal jangkêpipun kêdah gadhah rai sadasa. Nanging botên kok maujud rai sayêktos pating trèmplèk punika botên, namung kangge sanepa. Têrangipun makatên: upaminipun wontên tiyang [ti...]

--- 840 ---

[...yang] mêntas tumindak nasar kanthi dipun sêngaja tur kasatmata ing liyan, punika têmtu botên rumaos lingsêm tuwin kêndhak, gêngipun nalôngsa ing lêpat, awit piyambakipun gadhah kiyas sampun santun rai, inggih punika rumaos taksih gadhah andhungan rai sangang iji, dados lajêngipun rai sadasa wau muhung dumunung tiyang ingkang kêndêl ing isin wani ing wirang, bêbasan rai gêdhèg (kandêl). Wangsul kawontênanipun Sang Prabu Dasamuka, punika rak namung tansah gêdhag-gêdhig, adigang adiguna: sapa sugih kaya aku, sapa dêgdaya kaya aku, sapa anu ... kaya aku (Mênggah ngakêna bagus mokal awit untunipun bêlah).

Sampun malih samining tumitah: botêna kamêngsah, bok inggih dewa pisan kamêngsah, wondene punggawa ingkang purun ngêbyungi tindak druhaka: têmtu dipun pilala, wangsul ingkang anduwa (botên nayogyani) têmtu dipun siya.

Gambaripun Sang Gunawan Wibisina,Wibisana. ingkang sangêt mamrih hayuning kraton, ewadene sakathahing atur botên kadhahar, malah katundhung kanthi siya. Punika kados salaras lan kawontênaning jaman sapunika. Upaminipun: A sawêg jinurung ing rajadonya, punika têmtu kinèdhêpan ing sasami, sanadyan dipun ajak tumindak salah (murang kramaning agêsang) punika têmtu sumrinthil, kajawi nunggil watak inggih namung mamrih têtêdhan sapele, nandhakakên sêpên bêbudèn utami. Wangsul malih tiyang ingkang sumêngah ngêndêlakên ing kasugihanipun, punika mracihnani botên ajrih ing Allah, rumaos sadaya bangkit pribadi. Botên ngèngêti bilih ingkang murba punika langkung kuwaos. Gambaripun malih sang buminata Ngalêngka, mênggah kaloking kasugihan kados tanpa timbang, kacriyos wêdhi karikiling pasowanan maujud jêne sela balaka. Ewadene kakêrsakakên dening kang murba amrih risak, sami sanalika brastha dening kêthèk èlèk tur namung satunggal, lo, ingkang makatên wau rak namung anggambarakên mênggah ingkang murba punika langkung kuwaos, ngantos elok tan kenging ginayuh ing manungsa.

Mangsuli bab aji pôncasona. Punapa inggih botên wontên dêdamêl ingkang sagêd mungkasi, mokal yèn botên wontêna. Inggih punika sanjata pun Guwawijaya. Jarwanipun: guwa = labêting badan, wi = luwih, jaya = mênang. Kajêngipun: sanadyan kita adrêng badhe tumindak nalisir, nanging yèn sanjata kita jumênêng saèstu, têmtu lajêng kêndhih, bêbasan: sirna pôncasonane tan dadi. Nanging manawi pangêmbatipun Guwawijaya ragi kirang truwaca, satêmah namung kumanthil ing kêkêndhêng, tuwin marginipun rungsit tur gawat, kêdah sumêngka dhatêng Suralaya. Têgêsipun: sura = wani, laya = mati, dados wani mati, inggih punika mêjahi hawa napsu kita. Sarananipun kanthi ênêng, lan êning. Pramila bilih sampun andungkap ingkang samantên, kados botên kewran mangolah kridhaning manah.

Wasana namung samantên rumiyin.

Pun Sumadisastra, Candhi Sèwu.

--- 841 ---

Kagunan Jawi

(Sambêtipun Kajawèn nomêr 43)

[Têngêr, kabarung mawi gôngsa]

Bawa, Sêkar Citramêngêng, Sle, pa, 9. La 12, pê 6-6. Dhawah kêtawang Langên-gita.

[Notasi]

Lajêng katampèn ing gêndhing, ngandhap punika lagu geronganipun.

[Notasi]

Bawa Sêkar Côndrawilasita, Pe pa 6, la 12 pê 4-8. Dhawah Genjonggoling, minggah Surungdhayung.

[Notasi]

Ing ngandhap punika lagu geronganipun Genjonggoling

[Notasi]

Minggahipun dhatêng Surungdhayung Ngêlik, lagu gerongan Salisir.

[Notasi]

Bawa sêkar Surarêtna, Sle, pa 9. La 12, pê 4-8, dhawah ladrang Sri Ascarya.

[Notasi]

Ing ngandhap punika lagu geronganipun.

[Notasi]

Bawa sêkar Rêtnaasmara. Pe, pa 6. La 12, pê 4-8. Dhawah Ayun-ayun.

[Notasi]

Lagu geronganipun kados ing ngandhap punika.

[Notasi]

--- 842 ---

Bawa sêkar Sudirawarna, Sle, pa 9. La 12, pê 5-7. Dhawah ing gêndhing Bondhèt.

[Notasi]

Lajêng katampèn ing gêndhing ngandhap punika, lagu geronganipun Merong.

[Notasi]

Kangge laguning gerong, inggahipun Bondhèt.

[Notasi]

Nuwun, angaturi uninga dhumatêng sadaya ingkang sami karsa maos, bilih gêndhing Bondhèt punika, manawi rarasipun kadamêl pelog pathet nêm, sêkar ingkang kadamêl bawa, namanipun sanès Sudirawarna, inggih punika Sudirawicitra, dene lampah ugi 1 pêdhotan ugi sami 5-7. Taksih badhe kasambêtan.

Ka. 4419.

Bab Tanêman

Kênari

Kênari punika mèh sabên tiyang tamtu sumêrêp, awit mèh sumrambah ing pundi-pundi, sabên margi agêng sami ngangge ayom-ayom wit kênari. Nanging bab ayom-ayom margi wit kênari punika taksih kawon limrah utawi kawon sêpuh kalihan wit asêm, awit mênggah wit asêm, kenging dipun wastani angèbêki tanah Jawi, nanging manawi kênari namung dumunung wontên ing kitha agêng-agêng.

Kênari punika witipun sagêd agêng anyrêkakah, tur inggih ayom yêktos, nanging tumraping tiyang abale griya, kados awis ingkang gadhah niyat nanêm kênari wontên ing pakarangan, mila bab caraning pananêm botên kapratelakakên ing ngriki.

Mirid kawontênanipun wit kênari, pigunanipun namung kangge ayom-ayom, wohipun pating galundhung dhawah saênggèn-ênggèn, dipun pupunipun ing tiyang sajak namung ala nganggur kemawon. Nanging manawi sampun dados woh kênari oncekan, lajêng dados têtêdhan adi, kenging kangge woworan dhêdhaharan warni-warni, kangge rêrênggan wontên ing nginggil, kajawi andadosakên sae, ugi mêwahi ecaning raosipun.

Kênari punika wontênipun ing tanah Jawi, rumiyinipun dèrèng katingal dados padagangan, pinanggihipun dados dagangan manawi sampun oncekan wontên ing toko. Nanging sapunika nama sampun ngêmbyah dipun bêtahakên ing tiyang, malah sampun wontên satunggiling tiyang ing kitha agêng, kadugi nêbas [nê...]

--- 843 ---

[...bas] woh kênari pawêdalipun saking wit kênari ayom-ayom margi kitha, tur botên sakêdhik.

Ing sadèrèngipun ngêmbyah wontên ing tanah Jawi, ingkang kathah wit kênari tuwin wohipun kadagang, punika ing Ambon, Saparua tuwin kiwa têngênipun. Ing ngriku, kênari punika kêlimrah sangêt, tuwin têtiyangipun ugi migunakakên piyambak, inggih punika kangge woworan têtêdhan ingkang badhenipun sagu, sagu punika pathining wit sagu, namung angudi murih andadosakên gurihing têtêdhan.

Tumrapipun wontên ing tanah kasêbut nginggil, panyadenipun kênari punika kranjangan taksih sabathokipun, nanging sampun dipun gorèng sangan, dados sampun nama kênari matêng, prêlunipun gampil anggènipun ngoncèki, awit samôngsa dipun gêpuk lajêng gampil pêcahipun, isi sagêd wêtah, lan malih sanadyan dipun rimat dangu inggih botên têngik. Beda kalihan kênari ingkang botên gorengan, samôngsa kêdangon dipun rimat lajêng têngik utawi jamurên.

Kênari punika wontên warni kalih, alit kalihan agêng. Ingkang alit, isinipun alit tipis, nanging raosipun langkung gurih tinimbang ingkang agêng, nanging madolakên ingkang agêng, wujudipun andêmênakakên. Mila ingkang kêlimrah, wontênipun ing nagari ngriku inggih namung nyade ingkang agêng-agêng.

[Grafik]

Ayom-ayom wit kênari ing pinggir margi agêng.

Kênari punika tumraping bodhon inggih kenging kangge bumbu olah-olahan bangsaning lêlawuhan ingkang kênthêl, kangge lintuning kêmiri. Nanging ingkang kêlimrah piyambak inggih kangge dhêdhaharan.

Dene ecaning eca botên kados manawi dipun angge ênting-ênting, pandamêlipun mawi mêrtega, karanipun ugi ênting-ênting kênari, lajêng nama dhaharan adèn yêktos, manawi dhahar, sanadyan kêladuk, botên gadhah raos sèb-sèbên.

--- 844 ---

Waosan Lare

Kêtliwêng Barêng

IV. Nayaka kang niliki tênunan.

[Kinanthi]

lakune Dani lan Danu / sadalan-dalan mung mringis / saka ing bangêt kaduga / dene tanpa balung êri / mung dilakoni kapenak / ora nganggo nyôngga watir //

alon calathu Si Danu: / Ngene wong yèn arêp mukti / saciptane bisa têka / kabèh mripate wong mêsthi / gampang kênane disulap / apa sakarêpku dadi //

lakune wong loro mau / banjur padha arêp mulih / ing sawise têkan ngomah / kaul ambuwangi dhuwit / tôngga nganti padha cingak / dene garang kaya pyayi //

tanggane nganti gumrudug / gêntenan padha nakoni / dene gêlis têmên bêgja / Dani alon amangsuli: / aranmu padha wong desa / ora wêruh mênyang pyayi //

apa aku iki sirmu / ing saiki dudu pyayi / kowe kabèh wêruha: ya / yèn aku wong loro iki / padha kawulaning nata / juru tênun kang disihi //

aku dudu sapadhamu / apês pangkatku ngabèi / Danu clathu: Kuwi apa / durung-durung arêp lali / yèn kobacut-bacutêna / kuwi bakal ora bêcik //

ing bêcike yèn wis tutug / anggonmu anguja ati / ayo ta wis bali sowan / bokmanawa wis miranti / dadine ora katara / yèn padha dadi wong nglêntik //

têgêse wong adol apus / mula ayo nuli bali / cikbèn nuli gawe lêga / aja ketok clila-clili / wong loro nuli barêngan / padha mênyang kraton bali //

bôndha wis dirumat brukut / ora ana sing mêruhi / ing sawise bali sowan / papan panênun wis dadi / kabèh miranti anganggrang / nuli padha mapan linggih //

naliti piranti nênun / wong loro nuli miwiti / padha nênun pating glodhag / nanging mungguh Danu Dani / têmêne nênun kothongan / kabèh ora nganggo isi //

nanging patrape wong mau / sajak ithu kaya isi / kocap sang prabu samana / wis mirêng padha miwiti / ing panggalih bangêt bingah / dene saiki wis wiwit //

mungguh batose sang prabu / ing saiki ingsun ngrêti / mênyang ananing nayaka / kang gêndhêng lan ngèthèr wajib / awit wis padha diwêca / mêsthi êmung wêruh sêpi //

sang prabu nuli dhêdhawuh / nimbali para bupati / dipilih nayaka tuwa / supaya enggal niliki / nênune olèh sapira / lan nyatakna kanthi titi //

pangandikane sang prabu / hèh nayaka ing saiki / enggal-enggal nilikana / gone juru tênun adi / nyatakna aja sêmbrana / uwis mangkata tumuli //

nayaka sandika mundur / lakune angati-ati / ing lakune wise têkan / gone juru tênun linggih / nuli namatake cêtha / ananging mung ketok sêpi //

nayaka bangêt agumun / dene êmung ketok sêpi /

--- 845 ---

pamandênge ambalalak / iya mêksa tanpa isi / dadi panênune cêtha / yèn mung kothongan maligi //

nuli ngucêg mripat sêru / nganti kaya mrêbês mili / awit saka isih samar / bokmanawa kurang titi / malah nganti nyaklêk nyêdhak / pancèn têrang tanpa isi //

nuli takon alon Danu: / Yèn sampeyan kadospundi / ing bab tênunan punika / punapa gih sampun mathis / upami kagêm sang nata / cobi bok dipun waoni //

nayaka bangêt ing gumun / ewuh anggone mangsuli / yèn kôndhaa ora ana / wêdi aran owah mêsthi / mula iya banjur kôndha / sajak têmên angiyani //

yèn aku ngarani adhuh / pancèn iya luwih èdi / ing sajêgku durung nyawang / rupan kaya ngene iki / tênunan kathik le cêtha / lêre ketok tharik-tharik //

Dani sumêla calathu: / La punika kadospundi / nayaka alon ngandika: / Kuwi iya luwih bêcik / aku ora bisa nacad / wah aluse aku giris //

uwis ya aku tak matur / bab bêcike bakal iki / gèk rampunge besuk apa / aku tak lapur nyang gusti / apa rampung têlung dina / kiraku rampung ya kuwi //

Dani mangsuli lan mrêngut / bok cobi dipun tandangi / yèn sagêd rampung sawulan / kula purun pun gêbagi / punika rak barang sutra / bok kagrayanga rumiyin //

Dani banjur nyèrèt maju / astane nayaka kuwi / ditèmpèlke panênunan / kang nyatane ora isi / lan takon sajak têmênan / la rak alus ta lan nglêmir //

nayaka amanthuk-manthuk / sajak gumun lan mangsuli: / E, e jêbul nyata iya / wis kowe mênênga dhisik / tak matur karo sang nata / bèn aja pêdhot anggalih //

[Grafik]

Têtiyang Baduwi nuju kèndêl masang tendha kangge nyipêng wontên ing margi.

--- 846 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Kopêrasi

Sambêtipun Kajawèn nomêr 53.

Petruk: Tak kandhani, ya Kang Garèng, anggone nagara mèlu cawe-cawe anane kopêrasi tumraping wong bumi, kuwi krêsane arêp ngêjokake kopêrasi, kang bakal ditindakake tumrap kabutuhane para kawula ing tanah jajahan kene. Mungguh prêlune, kang kapisan: nagara arêp ambudidaya supaya kopêrasine bisa olèh kauntungan kang nyênêngake.

Garèng: Hla, kuwi, nagara ki sok arêp ngrèmèhake wong bae, dadi anggêr nagara ora mèlu cawe-cawe, mêsthi ora bakal olèh kauntungan kang nyênêngake. Aku kok banjur kèlingan, bêndara mantri tani sing arêp mulangi têtandur marang kaum tani, jarene wong nandur pari kuwi kudu dilarik-larik, lête kudu: samene, samene, wusanane jêbul ... ing, ing, mari pulang nêgara Cina.

[Grafik]

Petruk: Nèk pikiranamu kaya mangkono, kuwi nandhakake yèn kowe ora duwe ati tarima kasih babarpisan, rak wis dadi wajibe nagara kudu tansah ambudidaya ambêcikake kabudidayane para kawulane, dene kadhangkala ana sing ora kadadean, kuwi rak ya wis lumrah, ta. Kosok-baline, sing wis digawe coban-coban dening nagara, kang bisa nuwuhake kauntungan kang luwih akèh tumrap wong bumi rak ya wis akèh bangêt. Mulane kowe aja mung andêlêng coban-coban sing salah kadadean bae, mêngko kowe rak kêna diarani mung arêp golèk-golèk bae. Saiki tak banjurne dhisik omonganaku. Prêlune kang kapindho, nagara mèlu cawe-cawe mau, supaya nagara bisa kagungan wawasan, mungguh kaanane kopêrasi kang diêdêgake mau. Yèn sing nindakake kopêrasi mau durung pati ngrêti, nagara banjur tumuli bisa anguningani, kang banjur paring tuntunan lan sêsurupan amrih bisane tumindak kang kanthi têmênan.

Garèng: Hla, ya kuwi Truk, sabab-sababe mulane bôngsa inyong kiyi yèn ngêdêgake pakumpulan kopêrasi ora sondèl babarpisan karo rèhpêrsun pribumi kuwi, hla wong gawe-gaweane [gawe-ga...]

--- 847 ---

[...weane] dhewe, duwèk-duwèke dhewe, wong liya kok arêp ngaru-arubiru. Jajal kowe dhewe, yèn ana wong liya mèlu cawe-cawe anggonmu nyêkêl bale omah, upamane sabên-sabên kowe dikandhani mangkene: anggonmu nata meja kursi kiyi elok, kudune mêngkene, manganmu nèk yahmene kiyi kêsorenên, kudune jam 10 bêngi, nèk nang kakus bok iya diatur, aja kok sabên lêbar mangan bae, nganti kaya jalak. Hara, apa kiyi ora ambêdhêgêl wêtêngmu.

Petruk: Hara, kok banjur dipadhakake kaya mêngkono, iya mêsthi seje bangêt. Nèk didêlêng mung sacleretan, sajake diulat-ulatake nagara kuwi pancèn iya mangkêlake, nanging sajatine, yèn wong-wonge pancèn wis bisa nindakake pagaweane kanthi têmênan, kuwi iya ora barang-biring. Amrih cêthane, jajal saiki tak têrangne. Ora, Rèng, apa kowe ngrêti bedane: dititipriksa karo diulat-ulatake.

Garèng: Wèh, kathik dipadhakake murid probêl bae, dianggêp ora ngrêti bedane: dititipriksa karo diulat-ulatake. Diulat-ulatake kuwi upamane aku duwe sêlir, sabên dina tansah tak ulat-ulatake bae, apa ana sing sok anglèncèri, apa ora. Hla nèk nitipriksa, kuwi sêlirku mau tak awasake bangêt, irunge apa nyunthi apa amblêg, utawa untune miji timun, apa pating slêbar ...

Petruk: Iya wis, sanadyan wangsulanamu ora karuan mêngkono, nanging kowe anelakake, yèn kowe pancèn ngrêti mungguh karêpe têmbung: dititipriksa utawa diulat-ulatake, saiki tak kandhani mungguhing kopêrasi. Pakumpulan kopêrasi kudu dititipriksa, kuwi karêpe: dititipriksa apa anggone nglêbokake ing buku-bukune bênêr têmênan, lan barang darbèking kopêrasi utawa panyêkêle kopêrasi mau, wis cêtha lan ditindakake kanthi satêmên-têmêne. Dititipriksa kang mêngkono kuwi rak iya wis mêsthine, ta. Awit sabên sawijining ada-ada, kang duwe tanggungan dhuwit, kuwi wis dadi wajibe, kadhangkala kudu dititipriksakake marang para ahli. Pamundhute nagara kang kaya mangkono mau adrêng bangêt, awit kanggo anjaga, aja nganti kopêrasine mau ora kapradayan, jalaran saka kurange panitipriksa, kang anjalari wong-wonge banjur padha ora pracaya marang anane kopêrasi.

Garèng: Ora, Truk, kiraku, anggone ora sondèl dititipriksa kuwi, jalaran saka ora ya oke marang priyayi sing kapatah nitipriksa, êmbuh jalaran saka kasare, nèk ana sing ora bênêr sathithik bae, banjur: mêrdhom, mêrdhom. Êmbuh jalaran saka anggone pêthenthang, pêthènthèng, apêthunthang, apêthunthung, ngêdir-êdirake anggone jumênêng dadi dara priyayi.

Petruk: Kiraku ora yèn wong-wonge kok duwe anggêpan kang kaya mêngkono kuwi, jaman saiki kiyi kaya-kaya wis ora ana priyayi sing duwe tingkah agêng mustakane, awit wis padha nguningani, yèn priyayi kuwi kanggo rakyat,

--- 848 ---

dudu rakyat kanggo priyayi, kajaba yèn priyayi sing kagungan sirah yuyu, kuwi bisa uga yèn banjur ngêdir-êdirake priyayine. Kajaba iku, pakumpulan kopêrasi kuwi kêna milih sapa sing kudu nitipriksa mau, anggêre wong mau saka panggalihe adpisur kêna dianggêp ahli ing bab kuwi. Malah tumraping kopêrasi, sing para wargane bôngsa pangajaran, kêna milih komisi kanggo nitipriksa mau saka para wargane dhewe. Nèk anjupuk wong jaba, têmtune iki kudu dibayar. Luwih bêcik manèh, yèn ana bôngsa ahli sing gêlêm nindakake panitipriksa mung lêlahanan, dadi tanpa bayaran jalaran ora liya ngêmungake sabab saka rujuke marang majune kopêrasi mau.

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah

Ambiyantu panduwaning P.G.H.B. bab H.I.O.

Pakêmpalan P.S.I. gadhah pamrayogi supados pang-pangipun sami ambiyantu kanthi yêktosan dhatêng tindakipun P.G.H.B. ing bab panduwa anggèning parentah badhe ngringkês wulangan dhatêng rakyat, ingkang tuwuh saking usulipun H.I.O.

Kawontênanipun lare-lare ing Dhigul.

Miturut pawartos, kawontênanipun lare-lare ing Dhigul, ing sabên taun mindhak 120. Ing sapunika wontênipun bayi ingkang taksih sêsêpan 94, kalihan lare sanès-sanèsipun gunggung 469. Gunggunging tiyang sadaya wontên 2142. Kasarasaning lare-lare pinanggih sae. Ing bab saya indhakipun jiwa ing ngriku, tamtu andadosakên panggalihanipun parentah.

Juru bujuk kacêpêng.

Ing hotèl Solo, Mistêr Kornèlês, wontên tiyang sipêng asli saking Jawi Têngah dipun cêpêng ing pulisi, amargi konangan anggènipun mèrêk tiyang jalêr gangsal tuwin èstri nênêm, sarana pambujuk, têtiyang ingkang kabujuk wau badhe kasade dhatêng nagari sanès, namung kantun ngêntosi bidhaling kapal kemawon.

Sababipun Mr. Kusuma Sumantri kasingkirakên.

Miturut pikantuking papriksan, wontênipun Mr. Kusuma Sumantri dipun singkirakên punika, jalaran pinanggih bukti-bukti ingkang gêgayutan kalihan ing bab komunis. Kala ing taun 1924 panjênênganipun sinau kawruh kukum wontên ing Leiden, ngiras dados wêwakiling pangarsa Sarekat Pagawei Laut India ing Amsterdam. Satamatipun saking pamulangan luhur lajêng dhatêng Moskou dipun papanakên wontên ing Eastern University. Salajêngipun tansah gêgayutan saha nindakakên pakaryan ing bab komunis. Wêkasanipun lajêng katindakakên ing prakawis punika.

Angsal pangapuntên.

Nyonyah Wardiyêm Sastrasuwarna, tampi sêrat saking guru lakinipun ingkang wontên ing Dhigul, suka sumêrêp bilih angsal pangapuntên saking parentah, tumuntên badhe wangsul dhatêng Surakarta.

Palapuran pamulangan pangadilan luhur.

Benjing ganggaltanggal. 7 wulan punika ing pamulangan pangadilan luhur badhe ngawontênakên palapuran ing bab kursus ingkang sampun kalampahan. Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral badhe anjênêngi.

Dipun kroyok kuli èstri.

Ing bawah Indramayu wontên kuli-kuli èstri ingkang sami nyambut damêl dhudhuk-dhudhuk siti, sami ngroyok dhatêng mandhoripun mawi dêdamêl kajêng, jalaran saking kasèp anggènipun nyukani kulèn. Mandhor wau ngantos kaplajêng.

Bôngsa Jêpan sinau basa Walandi.

Pakêmpalaning bôngsa Jêpan ingkang nêdya nyinau basa Walandi, sampun gadhah warga 45, kala tanggal 10 wulan Juni kapêngkêr punika kalampahan sampun wiwit sinau, ingkang dados gurunipun Tuwan S. Handa.

Jaarbeurs ing Bandhung.

Kawontênanipun Jaarbeurs ing taun punika katingal sêpên kemawon. Manawi kawontênanipun kados makatên, kakintên badhe botên lêstantun.

--- 849 ---

Pêpindhahan tiyang ukuman.

Kawartosakên, kintên-kintên pitung wolung wulan malih, tiyang ukuman ing Centrale Gevangenis ing Sêmarang badhe kapindhah dhatêng Bandhung. Pindhahipun wau badhe ngangge sêpur mirunggan.

Pambranahan kapal ing tanah Batak.

Tuwan B. Bonga dhoktêr kewan ing Balige, tampi dhawuh saking parentah supados bidhal dhatêng Kabanjae, tumbas kapal-kapal jalêr, kangge pambranahan wontên ing tanah Batak.

Pamêdal pantun.

Kawartosakên, kawontênanipun panenan pantun ing Jawi Têngah ing taun punika badhe langkung sae tinimbang taun kapêngkêr. Saha sabibaring panèn lajêng badhe dipun tanêmi palawija.

Malariah ing Klathèn.

Ing kabupatèn Kalathèn tampi tablèt kênini 250.000 prêlu kangge nanggulangi sêsakit malariah ingkang tuwuh wontên ing bawah Gantiwarna, Gondhang, Wêdhi tuwin Prambanan. Dhoktêr Suraji tuwin Dhoktêr Dèn Tumênggung Martadipura nindakakên suntikan.

Sandening icalipun standplaatstoelage agêng.

Miturut pêpetangan ingkang gêgayutan kalihan rantaman praja, nêtêpakên icaling standplaatstoelage tumrap para amtênar ingkang balanjanipun ing dalêm sawulan langkung f 1000.-. Bab punika nuwuhakên rêmbag rame. Makatên ugi tumrap rad Indhia ugi ngrêmbag punika, ingkang karampunganipun nêtêpakên botên ngewahi standplaatstoelage.

Maesa wanan.

Ing Lubuk Pakan, wontên tiyang dipun têmpuh ing maesa wanan ngantos nandhang tatu rêkaos. Miturut pawartos, maesa-maesa wanan ing ngriku punika tansah angganggu damêl tiyang. maesa wau aslinipun kakintên ugi maesa limrah, nanging lajêng dados wanan saha galak. Parentah badhe nyirnakakên kewan wau.

Asiah

Syang Kai Sèk bêtah arta.

Syanghai 29 Juni (Aneta Reuter). Presidhèn Syang Kai Sèk tansah ngangsêg rêmbag, murih bang Tionghwa ambiyantu arta sabên wulan 10 yuta dholar, ing salêbêtipun kawan wulan, supados kenging kangge sarana ngunggulakên pêrang. Ing bab punika para bang tansah mongga-manggu, saha mangsuli, bilih ing wêkdal punika ing bab arta rêkaos sangêt, ewadene ugi sagêd anglêksanani, nanging namung sapisan, kathahipun 10 yuta dholar. Tindak punika kakintên badhe damêl ringkihing pabean, amargi wontênipun arta andhungan badhe kangg waragd pêrang.

Paprangan ing Hokan.

Syanghai 29 Juni (Spec. Reuter). Komêndhaning wadyabala kabangsan golongan kalih martosakên, bilih tindakipun Komincun nêmpuh baris sisih kiwa kala tanggal 27 tuwin 28 sami cabar, panêmpuhipun kaundurakên dening wadya mriyêman, malah lajêng gêntos dipun angsêg dening wadya kabangsan, golongan Komincun kalajêng kèngsêr dhatêng Kaipèng. Komêndhaning rêrêsah sagêd angoncati kanthi rêkaos. Wontên wadya mêngsah 2000 ingkang katawan tuwin kathah dêdamêl ingkang kajarah.

Eropah

Pogokan ing Sêpanyol saya andadra.

Madrid 29 Juni (Aneta-Radio). Pogokan ing Sêpanyol kidul saya andadra saha tansah tular-tumular, para kaum bêrah ing Trade Union gadhah niyat maradinakên wara-wara, murih ing tanggal 1 Juli sêsarêngan mogok. Ministêr salêbêting praja ngancam dhatêng tindaking para kaum bêrah wau, bilih ngantos dados pangawak ambangkang. Makatên ugi tumraping pangagêng inggih sampun tadhawuhankadhawuhan. jagi-jagi.

Sumingkiripun wadya ngamônca saking Dhitsêlan.

Mainz 30 Juni (Aneta-Nipa). Golongan wadya sarekat ing Rijnland amanjêr bandera tri warna Prancis ingkang wêkasan, dene golongan bôngsa Jêrman sami anjênêngi pahargyan ngriku kanthi surak-surak.

Botên watawis dangu wadya inpantri tuwin sanès-sanèsipun sami baris dhatêng sêtatsiun saha lajêng numpak sêpur dhatêng Prangkrik. Ing sadèrèngipun bidhal, sadaya sami nawurakên sêkar wontên ing pakuburan prajurit Jêrman tuwin Prancis.

Ing dalunipun ing saindênging Rijnland dipun wontênakên pahargyan sadalu muput, dalah ing pucak-pucak rêdi pisan, ugi sami nindakakên makatên, dilah pating glêbyar.

Wangsulan saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 4576 ing Cigugur. Dèwi Laksmi garwanipun Sang Hyang Caturkanaka.

Tuwan Tj. S. ing Gurah. Kintunan panjênêngan gambar sampun katampèn, nanging botên kapacak, awit panunggilanipun ingkang kados makatên botên kapacak, nuwun.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 4397 ing Purbalingga. Sampun katampi.

Lêngganan nomêr 4750 ing Bandhung. Lêngganan kapetang wiwit 1/1 - '30.

Lêngganan nomêr 2276 ing Natayudan. Kwartal 3 lêrês sampun pundhat.

Lêngganan nomêr 3123 ing Têpasanan. Kwartal 3, Juli - Sèptèmbêr.

--- 850 ---

Wêwaosan

Sintên ingkang wajib kantun

8.

Botên dangu kapal sampun katingal labuh, nanging taksih têbih, saha lajêng katingal wontên tiyang numpak baita nuju dhatêng dharatan. Tuwan Harwey sampun ngaglah wontên ing pasisir, sarêng sampun katingal cêtha bilih ingkang wontên ing baita Tuwan Smith, Tuwan Harwey lajêng nglawèkakên tangan minôngka suka sasmita pambage wilujêng, wusana baita dumugi ing pinggir, Tuwan Harwey nyandhak tanganipun Tuwan Smith dipun gèrèt minggah saha lajêng têtabikan antêp têrus ing manah. Salajêngipun lajêng sami dhatêng pamondhokan. Salêbêtipun taksih lumampah, Tuwan Smith pitakèn: Kapriye ambêre, apa wis ngalumpuk akèh, yèn durung, aku arêp ngêntèni ana ing kene nganti sawatara dina, awit aku wis kabacut nyaguhi mênyang para lêngganan, yèn têkaku sagêdhagan iki bakal anggawa akèh. Anane aku nyaguhi mau, saka ngrêti yèn ing môngsa ngene iki akèh ambêr.

Tuwan Harwey ngacarani linggih saha mapan linggih piyambak kalihan wicantên: Katiwasan Smith. Pawêtuning ambêr ing kene dirusuhi ing wong liya, malah saiki saksat wis mrana kabèh.

Tuwan Smith wicantên kalihan anjênggirat: Kapriye, kapriye, ana wong liya têka kene, apa ora kotakoni apa-apa, lan ora kosababake anggone têka ing kene.

Harwey: O, bab kuwi wis tak tindakake kabèh, nanging aku rumasa tansah kêsêsêr ing gunêm, dadi têkamu iki kabênêran Smith, aku arêp anjaluk rêmbugmu, kapriye mungguh kapenake.

Tuwan Smith sanalika kèndêl kemawon, nanging tansah anggagas kadospundi mênggahing sakecanipun. Sarêng sampun sawatawis dangu lajêng wicantên: Wis, mangkene bae, uwong anyar iku ulêmana mrene, kôndhaa yèn kowe kadhayohan. Mêngko yèn uwis têka kene tak êsuke ing rêmbug, awit kiraku wong mau pancèn pêng-pêngan, dadi prêlu bangêt supaya kasêsêr rêmbuge.

Rêmbagipun Tuwan Smith wau dipun gêga, kalampahan Tuwan Harwey kengkenan ngulêmi Tuwan Johnson dipun ajak dhahar kêmbul, ugi lajêng dhatêng.

Dhatêngipun Tuwan Johnson wontên ing panggenanipun Tuwan Harwey botên pisan-pisan katingal kucêm, malah namung sumèh, nandhakakên manawi bingah ing manah.

Ing ngriku Tuwan Smith lajêng anggagas: Mèmpêr yèn Harwey kalaha rêmbuge, awit lagi mirid saka wujude bae, wis ketok yèn wong micara. Ngantos dangu Tuwan Smith botên sagêd matrapakên ginêm, ingkang anggêpok dhatêng bab ingkang dipun kajêngakên, awit Tuwan Johnson tanpa kèndêl tansah wicantên kemawon. Sarêng têngah dalu rêmbagipun nyandhak bab ambêr, Tuwan Johnson ngraosi bab majênging padagangan wau.

Tuwan Smith rumaos angsal margi, lajêng nyêla ginêm kemawon: Ajênging padagangan wau tumrapipun sampeyan tamtu andhatêngakên kabêgjan agêng, awit kula piyambak mangrêtos, bilih ambêr punika majêng sangêt. Nanging tuwan, kintên kula mênggahing ambêr, botên wontên ingkang ngungkuli wêdalan ing ngriki.

Tuwan Johnson: Pancèn makatên, kajawi kêkêl, gandanipun ugi langkung ngambar.

Smith: Punapa sampeyan ugi sampun nate dagang ambêr sanèsipun wêdalan ing ngriki.

Johnson: Sampun, nanging botên paja-paja mirib, rêginipun mèh dhawah palih.

Tuwan Smith lajêng ngangsêg rêmbag, dipun sêlani ngombe inuman, malah anggènipun wicantên kalihan ngacungi tangan taksih katutan gêlas: La, dhatêng sampeyan ing ngriki punika jalaranipun kadospundi, dene lajêng sumêrêp, bilih ing ngriki wontên pamêdal ambêr.

Tuwan Johnson wiwit karaos ing manah, sampun ngintên bilih rêmbag wau badhe dados panjang, mila lajêng masang kaprayitnan. Wangsulanipun: Mênggahing bab tiyang among dagang, kados ing pundi-pundi sami kemawon, salaminipun tansah ngangin-angin pawartos, tuwin nyatitèkakên dhatêng sawarnining padagangan ingkang dipun kajêngakên. Sanadyan èwêd pakèwêd kados punapa, manawi sakintên kenging dipun lampahi, inggih dipun tindakakên, awit sampun dados kanthinipun, bêgja punika cêlakan bêbaya. Dene dumugi kula ing ngriki, inggih jalaran sumêrêp manawi dagangan ambêr ingkang misuwur, wêdalipun saking ngriki, mila kula inggih lajêng tumindak kilak ambêr wontên ing ngriki.

Smith: Sapunika katingal anggèn sampeyan dados tiyang kêndêl ngrisak kasusilan, punapa sampeyan botên sumêrêp, bilih ing ngriki sampun wontên tiyang ingkang manggèn rumiyin. La, punika tiyangipun. Anggènipun wicantên wau kalihan nudingi Tuwan Harwey tamtunipun sampeyan sampun têrang. Bab makatên punika, sampeyan punapa botên ngrumaosi lêpat. (Badhe kasambêtan)

--- [851] ---

Ôngka 55, 11 Sapar, Taun Jimawal 1861, 9 Juli 1930, Taun V.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50. Bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Amerikah

[Grafik]

Sawangan papan langsir ing sêtatsiun ing Amerikah, ingkang agêng piyambak.

--- 852 ---

Panglipur Manah

Umuk Kaalap ing Dhêmit

Ing Kajawèn nomêr 35 sampun nate nyariyosakên umukipun Mas Krêti nalika dipun têdha kolerah lajêng wangsul malih. Punika taksih panunggilanipun.

Kacariyos Mas Krêti sarêng mêntas umuk anggènipun dipun arad dhatêng Pamancingan botên saèstu, manahipun saya agêng, rumaos manawi dipun gêga ing tiyang.

Satunggiling dalu Mas Krêti nuju jagongan bayèn, ing sabên sagrombol wontên ingkang rêmbagan piyambak. Ing panggenanipun Mas Krêti kalêrêsan wontên tiyangipun ingkang ginêman gupyuk. Mas Krêti tansah ewa kemawon, sakêdhap-sakêdhap angêdhèpi Amin, inggih punika lare tukang nginggihi ingkang salaminipun tansah dipun ajak. Ing kala punika ingkang dipun rêmbag dhalang, wontên ingkang ngalêm saenipun Dhalang Gônda, wah manawi andhalang katingal gêsang sangêt. Lajêng wontên ingkang cariyos sae dhalang Purwa, malah saenipun wau botên ngêmungakên wontên ing ngriki kemawon, sanadyan ing jaman padhêmitan inggih sampun misuwur. Saking cariyosipun piyambak sampun nate dipun tanggap dhêmpit ing Bera.

Mas Krêti rumaos angsal margi, lajêng nyêla ginêm: Punika pancèn yêktos, lo, kula punika namung nêksèni bab têmêning cariyos punika, awit sayêktosipun kula piyambak inggih sampun anglampahi kados makatên, inggih punika nalika kula dados dhalang wontên ing Bantaran.

Ing ngriku wontên tiyang golongan sanès grombolan, sarêng mirêng Mas Krêti rêmbagan, lajêng pindhah tumut ngêmpali. Inggih punika Wôngsa, golongan tiyang tukang ngêlèhakên. Nalika mapan linggih kalihan wicantên: Ah, ngalih nyang ngumukan kene bae.

Mas Krêti sampun mangrêtos, bilih Wôngsa punika mêngsahipun, nanging manahipun têtêg kemawon, malah lajêng wicantên: Êngga ngriki Mas Wôngsa, kula ragi kêmba manawi omong botên wontên sampeyan.

Wôngsa: Inggih. Môngga pun lajêngakên. La, pun Amin pundi. O, inggih punika punapa, sampun cêlak. Ungêl makatên wau sampun satêngah anggarap.

Lajênging wicantênipun Mas Krêti: Kala samantên, kula nuju thênguk-thênguk wontên ing griya, Amin ingkang anggodhog wedang. Ing ngriku wontên tiyang dhatêng kalihan nyabawa: Kula nuwun. Tiyang sampun dados watak kula, kula punika tanggap sangêt dhatêng tamu, mila lajêng kula sumanggakakên kanthi sumèh. Tamu wau inggih lajêng lênggah, katingal anggènipun mriyantun, lênggahipun malêpês. Nanging kula dèrèng sumêrêp dhatêng tamu kula wau. Kula lajêng ambagèkakên: Kula ngaturakên kasugêngan rawuh panjênêngan ing ngriki. Tuwin kaparênga pitakèn, panjênêngan punika sintên, kula sawêg nêmbe sumêrêp.

Tamu mangsuli: Kula puniki, sanès janma ing ngriki.

--- 853 ---

Grêg, manah kula kagèt, batos kula: We, la, basane kathik kaya sajak basa kadhaton. Mêsthine dudu wong sêmbarangan. Nanging kula lajêng ngaturi rêmbag dhatêng tamu wau supados ngandika ngangge têmbung limrah kemawon, inggih lajêng ginêman limrah, lajênging wicantênipun tamu: Nama kula Radèn Bagus Gêndir Panjalin, anggèn kula mriki dipun utus kalihan Kyai Dêmang Prawirasêkti, ing Pangalapan, prêlu badhe ngrêsaya sampeyan, benjing malêm Jumuwah Kliwon dipun purih andhalang, kalêrês wiyosanipun kiyai dêmang.

Ing ngriku manah kula pakèwêd sangêt, badhe botên purun kadospundi, nanging manawi kula purun, kula sampun mangrêtos manawi Kyai Prawirasêkti punika lêlêmbat. Salêbêtipun kula grag-grêg wau, Radèn Gêndir Panjalin sampun mangrêtos, mila lajêng wicantên: Sampeyan sampun kuwatos kakang, sampeyan miturut kemawon. Cêkakipun kula inggih lajêng nyagahi. Kala samantên ringgit saniyaganipun sampun dipun sagahi, dados kula kantun mara tiyang thok. Ingkang tumut kula kala samantên namung Amin piyambak. Rak iya ta Min.

Amin: Inggih.

Krêti: Kalampahan, dhawahing dintên malêm Jumuwah Kliwon, jam gangsal sontên sampun bidhal, Amin kula purih ambêkta epok.

Wôngsa nyêlani: Botên, Mas Krêti, punapa sampeyan punika inggih sagêd andhalang saèstu. Kados kula dèrèng nate mirêng.

Mas Krêti: O, punika namung dèrèng dhamang sampeyan kemawon. Cobi andangua pun Amin, kala kula taksih dados dhalang, o, kula ngantos kêra, saking larisipun ngantos botên nate tilêm. Rak iya ta Min.

Amin: Inggih.

Wôngsa: Jênêngmu Amin, anggonmu nginggihi ajêg kaya ngamini wong andonga.

Dèrèng ngantos dumugi anggènipun obrol Mas Krêti, sêlak kêtungka dipun ladosi dhahar, lajêng kèndêl. Badhe kasambêtan.

[Grafik]

Ombyakipun têtiyang ningali balapan kapal wontên ing Bukit Ambacang Pordhêkok.

--- 854 ---

Jagading Sato Kewan

Kêbon Raja utawi Kêbon Binatang

Têmbung kêbon raja punika sanadyan sampun Jawi, nanging tiyang ugi mangrêtos manawi aslinipun saking têmbung ngamônca, awit ing sadèrèngipun wontên bôngsa ngamônca inggih dèrèng wontên têmbung kêbon raja wau, punika sagêd nitik saking sêrat Jawi.

[Grafik]

Kewan-kewan ing kêbon raja ing Surabaya.

Mênggahing nama kêbon raja punika kenging dipun têgêsi kêboning ratu, utawi kêbon ingkang pêpêthingan, kajêngipun kêbon ingkang agêng, sae, cêkakipun dados têtungguling sawarnining kêbon.

Sarêng ngèngêti têmbung kêbon, manawi kacocogakên kalihan kajênging têmbung Jawi, lajêng botên atêgês patamanan, awit kêbon punika limrahipun awujud pakarangan wingking utawi sakiwa-têngênipun griya, ingkang isi têtanêman mawa nipkah, dados botên manjing dados sawangan. Nanging manawi mirid saking basa Mlayu, kêbon (keboen) ugi atêgês patamanan. Manawi makatên ugi wontên èmpêripun, bilih têmbung kêbon raja punika kêtêlah saking basa Mlayu ingkang atêgês: patamanan ratu, utawi patamanan adi linangkung. Nuwuhakên panganggêp angluhurakên ingkang dipun wastani wau, mila dipun sambêti têmbung raja. Upaminipun malih sêkolahan raja (H.B.S.), punika bokmanawi ugi saking tuwuhkingtuwuhing. raos anganggêp luhur. Lajêng têtêp dados nama gêsang.

Ing ngriki wontên pitakenan malih, kêbon raja punika patamanan isi têtanêman, punapa isi sato kewan. Wontênipun pitakenan makatên, amargi wontên kêbon raja ingkang namung isi têtanêman thok, kados ta ing kêbon raja Bogor, nanging punika mêndhêt umumipun tiyang kathah, botên mêndhêt saking luguning namanipun ing basa [ba...]

--- 855 ---

[...sa] Walandi (s' Landsplantentuin). Wontên ingkang kêbon raja namung isi sato kewan, inggih punika ing Surabaya. Wontên ingkang kêbon raja inggih isi tanêman, inggih isi sato kewan, pinanggih ing Surakarta, nama Sriwadari. Manawi mirid lêrêsipun, papan ingkang isi sato kewan punika nama kêbon binatang. Malah ing Batawi ugi Walandi ingkang nama makatên, saking kêtêlah, ing kinanipun pancèn isi kewan (binatang), dene lênggahing mathukipun, kasumanggakakên.

[Grafik]

Kancil ing kêbon raja ing Eropah.

Mênggahing kêbon raja, punika cêtha manawi kawontênanipun manjing dados rêrêngganing nagari. Manawi ngèngêti kados makatên wau, kêbon raja punika pancèn ugi sagêd anjunjung drajating nagari ingkang kadunungan, ugi atêgês manawi nagari ing ngriku punika majêng. Tôndha yêktinipun, pundi nagari ingkang wontên kêbonipun raja, adhakan dipun dhatêngi ing bôngsa ngamônca.

Sayêktosipun ing bab kawontênanipun kêbon raja punika inggih nêdahakên ing bab kawruh nênanêm tuwin kawruh sato kewan. Kados ta ing bab têtanêmanipun, têmtu dipun tindakakên dening ahli têtanêman, têgêsipun tiyang ingkang mumpuni dhatêng ulah têtanêman, sumêrêp awon saening siti, mathuking têtanêman dhatêng hawa tuwin papanipun, sumêrêp tataning pangupakara dalah rabukipun, mila sawarnining têtanêman ing papan ingkang kados makatên, tamtu sae gêsangipun. Sanadyan juru kêbonipun pisan, inggih tiyang ingkang dhêdhasar mangrêtos dhatêng têtanêman.

Ing sapunika ing bab kewanipun ingkang dados isèn-isènipun kêbon raja, punika têtela sangêt bilih kêdah dipun tindakakên dening tiyang ahli kewan, awit mênggahing kewanipun botên ngêmungakên kewan wêdalan ing nagari ngriku kemawon, limrahipun mawi ngawontênakên kewan-kewan saking nagari ngamônca, ingkang beda kawontênaning hawanipun, apêsipun kemawon mêndhêt kewan galak. Dados sanadyan kewan tunggil nagari, sarèhning galak, inggih nama angèl anggènipun angopèni. Môngka mênggah ngopèni kewan punika kêdah nocogi kalihan kabêtahanipun. Upaminipun bab têdha, samôngsa botên cocog, kewanipun inggih dados gêring.

Tumrapipun ing tanah Jawi, kêbon raja ingkang pêpak kewanipun ing Surabaya, ing ngriku katingal kasarasan tuwin sênênging gêsangipun kewan ingkang dipun ingah, inggih ingkang kewan galak, inggih ingkang pêksi, punapadene kewan ingkang asli saking tanah ngamônca. Wontênipun makatên, kajawi kopèn utawi cocog têdhanipun, ugi jalaran [ja...]

--- 856 ---

[...laran] sae anggènipun ngupakara. Upami ingkang dipun wastani cocoging têdha, punika botên dumèh kewan nêdha daging, lajêng cêkap dipun têdhani daging kemawon, nanging ugi mawi ngèngêti takêripun. Makatên ugi mênggahing kasênênganipun, upaminipun pêksi suwari, punika sanadyan dipun têdhanana punapa kemawon, inggih mêksa nguntali krikil. Dene anggènipun nguntal krikil wau botên kok jalaran taksih luwe, nanging pancèn kabêkta ing watêk, tuwin mênggahing krikil wau tumraping pêksi suwari pados daya pangrêmêkan, malah nama angrencangi dhatêng ingkang kanggenan. Manawi kamanah panjang kenging dipun piridakên kalihan ayam, kados ta: ayam punika sanadyan sampun tuwuk, inggih nucuki pasir, bêling alit-alit, mênggah damêlipun inggih botên beda kados pêksi suwari. Dados kabêtahaning satunggal-satunggalipun kewan punika inggih kêdah dipun sumêrêpi.

Sapunika ing bab pangupakara, rêsik saha saening kandhang, manawi tumrap ingkang rêmên saba, inggih pasabanipun, dalah sawêr kemawon inggih dipun damêlakên êrong-êrongan. Yèn kewan alit, upaminipun kancil, inggih dipun damêlakên grumbulan.

Makatên ugi mênggahing bab kasarasan, punika mênggahing pangrêksa inggih katindakakên kalayan titi. Manawi nuju sukêr sakit, sagêd nitik saking sudaning anggènipun nêdha, lan malih ugi ngudi dhatêng rêsiking badan.

[Grafik]

Baya ing kêbon raja Eropah nuju dipun rêsiki.

Bab rêsiking badan punika tumrap tiyang ingkang dèrèng mangrêtos tamtu amastani anèh, awit mênggahing kewan mokal kêdunungana tindak rêsikan. Bab makatên punika kados gampil ngawontênakên tôndha saksinipun. Kados para maos botên kêkilapan dhatêng kawontênaning pêksi wanan, têgêsipun pêksi ingkang botên dipun ingah ing tiyang, punika asring cilam-cilum adus wontên ing toya. Sanadyan bab makatên wau botên tuwuh saking jangkêping raos pangraos, nanging nama têtêp [têtê...]

--- 857 ---

[...p] tindaking pangudi kasarasan ingkang tuwuh saking kodrat. Makatên ugi tumrap kewan sanès-sanèsipun, sanadyan ingkang kewan galak pisan ugi gadhah tindak makatên.

ing sapunika juru pangupakara kewan kados ingkang kacariyosakên ing nginggil, inggih kêdah nindakakên makatên. Kados ing kêbon raja ing Eropah, sanadyan baya pisan, inggih wontên kalanipun dipun rêsiki badanipun.

Mênggahing cêcariyosan kina, kêbon raja utawi kêbon binatang punika inggih sampun wontên, dadostakados ta. taman Argasoka ing Ngalêngka, taman Maerakaca ing Cêmpala, makatên ugi ka ing bab kêbon binatang, punika kala jaman Prabu Hayam WurunWuruk. inggih sampun wontên, nanging namung mêndhêti kewan ingkang anèh-anèh kemawon.

Kados makatên mênggah pinanggihing kawontênan ingkang dados pêpaosing praja.

Bab Ringgit

Bathara Bayu

Bathara Bayu punika putranipun Bathara Guru, kasêbut kawasa angêrèh agin, mila ugi dipun sêbut dewaning angin.

Bathara Bayu nalika ngejawantah jumênêng nata wontên ing nagari Mêdhanggora, jêjuluk Sri Maharaja Bima. Jumênêngipun nata wau sêsarêngan kalihan kadang gangsal 1. Bathara Sambo, 2. Bathara Brama, 3. Bathara Endra, 4. Bathara Wisnu tuwin Bathara Bayu piyambak.

Sampun dados watakipun tiyang mêngku pangawasa, adhakan tuwuh pasulayan ingkang jalaran saking sabab warni-warni. Wontênipun makatên, awit mênggahing ratu, wajib kêdah angadili dhatêng ruwêd rêntênging kawulanipun. Tindak makatên punika gampil manawi namung tuwuh saking kawulanipun piyambak, kenging lajêng dipun pranata dening gusti ratunipun, balik tuwuhing pasulayan gêgayutan kalihan tiyang sanès, têgêsipun tiyang ingkang winêngku ing ratu liyan, wontênipun tamtu tansah adamêl pakèwêd, lan malih sampun mèh limrah, tiyang nimbang pasulayaning tiyang kalih, adhakanipun lajêng ngiloni dhatêng tiyang ingkang gêgayutan kalihan badanipun piyambak.

Kacariyos nata gangsal wau ugi amanggih lêlampahan ingkang tuwuh saking kawulanipun, wontên ingkang rêbatan pasitèn, rêbatan donya brana tuwin sanès-sanèsipun, lajêng andadosakên botên adiling pangadilan, wêkasan namung tansah pasulayan.

Wusana para nata wau sami angsal wangsit, supados sami pados lêlêrêsan dhatêng para brahmana sadasa, ing wukir Maendra. Brahmana sadasa wau sajatosipun inggih para dewa sadaya. Ugi kalampahan dipun sêrêp-sêrêpakên dhatêng sawarnining tindak ingkang lêpat. Nata gangsal lajêng dipun cangkrimi ing bab sasmitaning ukara mantra, sami botên sagêd [sa...]

--- 858 ---

[...gêd] ambatang. Wêkasan lajêng dipun dhawuhi dening brahmana, anggènipun angratoni pinêthal piyambak-piyambak. Sri Maharaja Bima, inggih Bathara Bayu, pinatah angratoni sato kewan, wontên ing Mêdhanggora, jêjuluk Prabu Mrêgapati. Nanging wêkasanipun Sri Maharaja Bima lajêng muksa, jalaran tansah kasoran kalihan pangejawantahipun Hyang Sambo, ingkang ajêjuluk Sri Maharaja Balya.

[Grafik]

Bathara Bayu.

Kasêbut ing cêcariyosan ringgit, para Pandhawa punika sami dipun pundhut putra piyambak-piyambak dening satunggil-satunggiling dewa. Kacariyos nalika Dèwi Kunthi, garwanipun Prabu Pandhu Dewanata ambabar mêdal bungkus, sasampunipun pêcah bungkusipun, Hyang Bayu tumurun, mundhut bungkusipun lajêng dipun bucal dhawah wontên ing wana Dhandhalaksana. Saking kaelokaning dewa, jabang bayi ingkang mêdal saking bungkus sampun awujud tiyang, lajêng dipun bêkta ing Hyang Bayu dhatêng Ngastina.

Pabu Pandhu nalika karawuhan Hyang Bayu ambêkta lare sakalangkung kagèt ing galih, Hyang Bayu lajêng dhawuh: Wruhanira kaki prabu, bocah iki sajatine putranira dhewe kang mêtu saka bungkus, lan bocah iki ingsun pundhut putra, ingsun paringi jênêng Radèn Bima, iya Bimasena, iya Bratasena, apêparab Bayusuta.

Mênggah wujuding ringgit, sêrênging paraean, janggêrênging dêdêg, pangagêmanipun nyamping, Hyang Bayu kalihan Radèn Bratasena punika sairib kemawon, malah inggih sami apupuk apôncanaka. Makatên ugi sami kadunungan bayu, têgêsipun gadhah prabawa angin.

Dayaning anginipun Sang Hyang Bayu sagêd nyirnakakên isèn-isèning donya, sanadyan rêdi pisan, manawi katêmpuh bayunipun, sagêd sirna dhungkar. Nanging ugi gadhah daya angasrêpi, nawar wisa. Kados ta samôngsa wontên kasangsaran ing bumi, ingkang jalaran kaparag ing wisa tuwin sanès-sanèsipun, samôngsa siniram ing bayu asrêp, lajêng tawar sadaya.

--- 859 ---

Lêlampahaning Ngagêsang

[Mijil]

jaliriting mega malang wanci / gagat bangun katon / kuning wênês sumunu sunare / sumirat bang bangbang wetan kèksi / marakata kadi / kadadak nahên kung //

byar kawuryan wijiling hyang rawi / rumawat sumorot / taru-taru katara enggare / lir manganti antara praptaning / sunar kang nartani / sêgêring tumuwuh //

samantara sorote ngênèni / ujung pucuking ron / lir pinulas amêlês wilise / labêt saking kadrêsan dêrêsing / usara ngêbêsi / duk ing wanci dalu //

sabin-sabin sinaba ing pêksi / kang nyambêri laron / sulung ulêng-ulêngan saking lèng / barung lawan ramening raryalit / drêmimil mujèni / dhèk-rèk dhuwur kêncur //

sri kapyarsa ocèhing srigunting / cèprêt jatilêngkong / mêncit nèng pang dhidhis sarwi dhedhe / katon mêlês wulune kalimis / swarane mranani / tumanêm ing kalbu //

tanpa cengkok lagu lawan gêndhing / nanging yèn rinaos / nganyut-anyut anggarês tancêpe / sor rarasing lêlagon sakalir / wilêtaning suling / ta môntra sumundhul //

sarèh sêru swarane dumêling / cèprêt jatilêngkong / mung sagatra jêmbar surasane / yèn tumuju mring pra among tani / kadya nyasmitani / wus mangsane tandur //

ywan tumanduk mring cipta kang lagi / kinarya lêlakon / lir mangimur amrih tawêkale / ywa kadawan drawasaning budi / dèn sabar nampani / cobaning Hyang Agung //

yèn tinampi sotaning sujanmi / kang lagya winongwong / lir pangrêksa mrih lulus arjane / ywa kalimput kalêmpit ing budi / dèn mèngêt tumolih / apêsing tumuwuh //

yèn kapyarsèng pra garap kang lagi / anggilut wêwaton / lir sung pèngêt dèn rêrêm arèrèh / ing pangarah pangruruhing ati / mrih titi taliti / aywa grusa-grusu //

mundhak kadi lêkasing rarywa lit / kang samya mèt laron / yèn kalalu lali lêlabête / kang sinêdya mrih moncol pribadi / têmah anêtêpi / dhèrèkdhèk-rèk. dhuwur kêncur //

karêrantan rêntêng rontang-rantintg / rontag lir rinontog / sang manitrèng walgita kalane / mèngêt maring lêlakyaning dhiri / dènnya winasuh mring / kang Murbèng Tumuwuh //

sakèh rekadaya malah dadi / dêdalan padudon / kang kadyèku baya wus takdire / marma pantog pamuntuning kapti / tarlèn mung ngèngêti / apêsing tumuwuh //

yèn wujuda panggrantêsing pikir / lir gulung galolo / ngangsêg-angsêg asêsêg napase / bêbasane mati ngadêg saking / sêkunging tyas dening / barubah kabubuh //

ing puwara ngunandikèng ati / tita nora elok / apês rusak titah wus darbèke / jurang gunung wening jalanidhi / samya owah gingsir / miwah pasang surud //

jro sungkawa kawangwang miyarsi / cèprêt jatilêngkong / lir ginugah gêng panalangsane / mèngêt maring kawasaning Widhi / dènnya misesani / salwiring tumuwuh //

--- 860 ---

[Grafik]

Gambar dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun ing Surakarta, nalika tumêdhak saking motor mabur wontên ing Bandhung.

--- 861 ---

Kamajêngan

Bab Sêsêbutan Wanita Jawi

Wradin ing jaman samangke, garwaning para priyantun saha garwaning para partikêlir, ingkang sakintên pantês, punika sami kumêdah mangangge sêsêbutan radèn ayu, liripun: kathah kemawon ingkang namung wajib dipun sêbut radèn ngantèn utawi mas ajêng, ingkang dhasar moncèr ngangge sandhangan sae, sêlopan, langkung-langkung ingkang sagêd têmbung Walandi, mênawi botên dipun sêbut radèn ayu, lajêng katingal basêngut ulatipun. Samantên wau wontên ugi wanita ingkang narimah, ingkang baku botên wajib mawi sêsêbutan radèn ayu, môngka wontên ingkang nyêbut radèn ayu, lajêng mangsuli wicantên makatên: kula puniki sanès radèn ayu.

Ingkang limrah tumrap ing ngakathah ing jaman samangke, ingkang baku sanès radèn ayu, môngka wontên ingkang nyêbut radèn ayu, punika lajêng mongkog manahipun. Lajêng kawêdal têmbungipun ingkang manis sumèh, dhumatêng tiyang ingkang nyêbut radèn ayu. Wasana tiyang ingkang sampun sumêrêp ing gancaring sêsêbutanipun wau, rewa-rewa wicantên makatên: Tekade nyêbut radèn ayu ora tuku, pamrihe lêgia gulane, bukêta tèhe.

Tumrap ing tanah gupêrmenan, awit kala jaman rumiyin dumugi jaman samangke, kalênggahan bupati kasanèsakên. Sadèrèngipun dados bupati, saupami titêlipun namung mas, sarêng jumênêng bupati lajêng titêl radèn, garwanipun ingkang baku radèn ngantèn utawi mas ajêng, lajêng santun sêbutan radèn ayu. Gagrag punika murwat, sabab gupêrmèn pancèn sampun angidini. Sawênèh kala jaman rumiyin wontên ugi garwa bupati, ingkang baku sêsêbutan radèn ngantèn utawi mas ajêng, narimah têtêp radèn ngantèn utawi mas ajêng kemawon. Botên karsa angewahi saking lugu witipun. Wangsul ing jaman samangke garwaning partikêlir, mantri, juru sêrat, guru bantu sapanunggilanipun, ingkang kasêmbadan sagêd nyandhang sae, sêlopan, sanajan botêna sagêd têmbung Walandi, kathah kemawon ingkang ngudi murih dipun sêbut radèn ayu.

Ingkang sampun kawêdhar ing tanah gupêrmenan, bôngsa wanita turunan bupati, punika wajib angsal sêsêbutan radèn ayu dumugi wayah, sanajan nistha, awon ing warni, miskin, wajib mawi sêsêbutan radèn ayu, wondene salajêngipun dumugi buyut warèngipun, yèn mawi sêsêbutan radèn ayu ugi taksih wênang, nanging gumantung saking pikajêngipun tiyang ingkang condhong manahipun. Utawi angèngêti dhatêng pangkat kalênggahaning kakungipun. Tumrap tiyang ingkang sampun sumêrêp, dene sêsêbutan radèn ayu tumrap dhatêng tiyang partikêlir turunan bupati ingkang sampun têbih ugi murwat, nanging tiyang ingkang nyêbut radèn ayu wau sok kumêdah angèngêti, punapa wanita punika kacêkapan, utawi gadhah kasagêdan (pintêr) yèn wanita wau miskin utawi bodho, utawi gadhah lampah awon, sanajan tiyang sampun sumêrêp dhatêng wêwatonipun, lajêng

--- 862 ---

botên purun ngajèni, cêkakipun sêsêbutan radèn ayu sagêd ugi lajêng ical.

Beda sangêt kalihan pranatan ing karajan Jawi, sintêna ingkang gadhah talêr turunan saking sampeyan dalêm, najan sampun têbih, taksih sami wênang mawi titêl radèn ayu, sabab wosipun lugu turunan raja, mlarat utawi nistha botên badhe sagêd ewah sêsêbutanipun radèn ayu, kenging kaupamèkakên sêlaka tulèn, kapêndhêma êndhut, botên sagêd ewah warninipun. Punika andadosakên sabab, bôngsa tiyang asal ing tanah gupêrmenan, botên kenging kasamèkakên kalihan bôngsa tiyang asal karajan Jawi, ing bab sêsêbutanipun. Kêjawi yèn tiyang tanah gupêrmenan wau sampun sêsangkutan warga kalihan bôngsa asli karajan Jawi.

tiyang Bêtawi wicantên Malajêng dhatêng tiyang Jawi nyêbutakên nyonyah utawi tuwan, punika prayogi, dhawah têngah botên angluhurakên sangêt.

Kula èwêd, yèn kula wicantên dhatêng ingkang baku sanès radèn ayu, môngka dhasaripun tiyang punika kêdah dipun sêbut radèn ayu, wasana kula botên nyêbutakên radèn ayu, mendah punapa ewanipun wanita punika dhatêng jasad kula, kula lajêng ngundang dhatêng wanita punapa pêrnahipun, kados ta: ibu, adhi, bakyu, anak. Dhatêng wanita ingkang sanès warga, nimbang dhatêng sêpuh nèming umuripun. Ingkang langkung sêpuh, kula undang: ibu, bakyu. Ingkang langkung nèm saking umur kula, kula ngundang adhi utawi anak.

D.j.d.b.t; Pkt.

Waosan Lare

Kêtliwêng Barêng

V. Para bupati padha nyatakake

[Mêgatruh]

sang aprabu ing panggalih bingah nutug / anggone kagungan abdi / bisa nênun apik alus / ora ana sing madhani / kang bêcik kaya mangkono //

ngêndi-êndi wong wis angrasani umyung / yèn ing kraton ing saiki / ana abdi juru tênun / gaweane luwih adi / ora wêruh sabên uwong //

nganti gawe kandhêge wong sing malêbu / arêp adol barang bêcik / awit sang prabu wis dhawuh / ora karsa anampèni / barang malêbu kadhaton //

dhèk samana pinuju lênggah sang prabu / ora kêndhat ing panggalih / ngajêng-ajêng sing diutus / nayaka kang aniliki / dene suwe ora ketok //

ora suwe nayaka ketok malêbu / nuli didhawuhi linggih / wusana nuli didangu / priye anggonmu niliki / apa pancèn iya elok //

sing didangu amunjuk lan nyêmbah sungsun / kawula nuwun nun inggih / kawula munjuk saèstu / abdi juru tênun kalih / pancèn nyata tiyang mrojol //

titi sangêt inggih ing panggarapipun/ [pangga...]

--- 863 ---

[...rapipun/] pancèn nyata èdi pèni / dhasar grayangipun alus / lawenipun sutra Indhi / pun sêling kêncana abyor //

pantês sangêt dados pangagêman ratu / upami padosa gusti / sajagad botên kêpêthuk / mênggah atur kula gusti / namung salugu kemawon //

sang aprabu mung kèndêl lan manthuk-manthuk / saka bangêting kadugi / lan saka panggalih jujul / dulinuli. enggal animbali / bupati jaba lan jêro //

sanalika barêngan sowan gumrudug / nuli bae didhawuhi / hèh kowe kabèh bocahku / ayo nyatakna saiki / pangagêmanku kang elok //

iya kuwi kang digarap juru tênun / coba timbangên sing adil / apa cocog panêmumu / karo sing tak utus dhisik / poma aja matur goroh //

sakabèhe nuli bêbarêngan mundur / turut dalan pating klêsik / awit uwis rada krungu / nyang unine Danu Dani / yèn ora wêruh wong gênjlong //

wise cêdhak ing panggonane sing nênun / krungu swara pating glidhig / lan manèh glodhagan têrus / ngono ora uwis-uwis / wong loro nganti gumrobyos //

kocap kabèh yaiku para tumênggung / banjur mara anyêdhaki / mung ing batin padha gumun / dene ketoke mung sêpi / pirantining nênun kothong //

kabèh bae pating plêlêng ketok gumun / kêdhèpe padha narithil / Dani mangrêti ing sêmu / gone nênun lèrèn nuli / karo ngulèt ngêluk boyok //

lan sêsambat anèh pangagêman ratu / wis digarap rina wêngi / ora bisa rampung-rampung / tur êmung kari sathithik / nganti ngrêkêkêlke otot //

layak bae yèn wong edan ora wêruh / barang kaya ngene iki / wise muni ngono mau / nuli nênun jêglag-jêglig / lakuning wlira nywara tho //

sakabèhe bupati sing padha krungu / ing atine nuli mosik / pancèn nyata anèh iku / dene êmung ketok sêpi / dene panggarape ngêtog //

yèn mangkono apa aku iki gêmblung / apêse ya diarani / wong ora wêruh ing prêlu / upama koningan gusti / wis mêsthi aku dicopot //

yèn mangkono bêcike tak ngaku wêruh / nuli ana sing miwiti / atêtakon sajak gumun / wadhuh thik bêcik mên kuwi / ijone ketok sumorot //

Dani ngrêti yèn kuwi wis klêbu wuwu / nuli bae anumpangi / lêrês ijêmipun têrus / ananging yèn pun têbihi / warninipun kados jambon //

cobi môngga kaparênga ragi mundur / sampun mriksanana mriki / kadospundi warninipun / bupati nuli mangsuli / êlo iya athik jambon //

Dani clathu cobi sapunikanipun / tingal têngên pun tutupi / mangke arak dados biru / bupati nuli nutupi / lan clathu: e ora lidok //

Dani ngadêg lan nyêdhaki dara mênggung / karo muni klêsik-klêsik / yèn tingal kiwa pun tutup / katingal ambalêrêngi / môngga pun cobi kemawon //

saunine Dani mau mung diturut / iya nuli anutupi / lan kagèt karo anjumbul / adhuh angudubilahi / sorote thik ora ilok //

ing cêkake kabèhe para tumênggung / padha kêna diapusi / mung padha manut ing rêmbug / kabèh ngaku amêruhi / kêblabak mung akon-akon //

--- 864 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

NêthikanPêthikan (dan di tempat lain). saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès.

Kabêsmèn agêng.

Ing Surabaya mêntas wontên kabêsmèn agêng ing gudhang A.K.I.Z. Pênthot dilah èlèktris ingkang kabêsmi wontên sayuta. Kapitunan f 600.000.-

Technische Hoogeschool umur 10 aun.taun.

Ing tanggal 2 wulan punika Technische Hoogeschool ing Bandhung sampun jangkêp umur 10 taun. Pambikakipun kala tanggal kaping 2 JuyiJuli. taun 1920, kabikak dening Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral van Limburg Stirum.

Wanita pados papan ing rad kawula.

Vereeniging voor Vrouwenkiesrecht mêntas parêpatan, badhe adamêl sêrat paturan dhatêng Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral, supados ing parêpatan kawula dipun wontênakên warga wanita.

Ewah-wahan lampahing sêpur S.S.

Kados ingkang sampun kalampahan S.S. ngawontênakên tatanan lampahing sêpur, ing dalêm sataunipun dipun ewahi kaping kalih, ing wulan Mèi tuwin Nopèmbêr. Ing taun punika tumrap ing Jawi Wetan botên wontên ewah-ewahanipun, dene ing Jawi Kilèn namung sakêdhik. Tumrap sêpur kilat bidhalipun dipun undurakên, nanging dumugining papan wêkasan malah langkung majêng.

Kagunan Jawi badhe kapitongtonakên ing Eropah.

Benjing wontênipun Koloniale Tentoonstelling ing Paris, ing taun 1931, badhe wontên juru bêksa tuwin niyaga dalah gangsanipun saking Surakarta tuwin Ngayogyakarta badhe dipun tindhihi Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya tuwin Kangjêng Pangeran Arya Suryaamijaya. Punggawanipun sadaya kintên-kintên tiyang 150.

Mukhamad Hèrucakra.

Kawartosakên, tiyang ingkang ngakên ratu adil, nama Diets inggih Mukhamad Hèrucakra, ingkang karampungan prakawisipun, kabucal dhatêng Pangkalpinang. Hèrucakra wau bôngsa Walandi, kalairan ing Makasar, lajêng ngakên jumênêng ratu adil wontên ing Ungaran.

Majênging kaborosan.

Kawartosakên, pasar malêm T.H. ing Magêlang, rantamaning waragad wontên f 18.000.-. Wontên papan ênit-ênitan cacah 6 panggenan. Sawêg papan wau kemawon dipun sade sampun pajêng f 14.600.-. Mirid kawontênan wau, têtela bilih bangsaning kaborosan ingkang kados makatên punika dipun sênêngi ing ngakathah.

Arbeids-Inspectie ing tanah Jawi.

Kasêbut ing Memorie van Toelichting bagean rantaman yustisi, amratelakakên, bilih wiwit tanggal 1 Januari 1931 badhe kawontênakên Arbeids-Inspectie tumrap tanah Jawi tuwin Madura. Manggènipun badhe wontên ing Batawi, Sêmarang tuwin Surabaya. Malah kawartosakên tumrap kantor ing Surabaya benjing tanggal 1 Agustus ngajêng punika sampun kabikak, katindakakên dening Arbeids-Inspecteur Tuwan R.J.J. Biemond, ingkang sapunika nuju nindakakên wajib wontên ing tanah wetan, nanging panggenanipun taksih wontên ing Batawi.

Bang kabangsan Indhonesiah.

Parêpataning dhirèksi kalihan para komisaris bang kabangsan ing Surabaya, angrêmbag saha nêtêpakên Tuwan Rujita, dhirèktur OL Mij ing Ngayogya dados komisarising bang wau.

Parêpatan P.N.I. kasandèkakên.

Bab badhe wontênipun parêpatan umum P.N.I. ing Batawi, mèngêti adêging P.N.I. tigang taun, kasandèkakên.

Adêging padamêlan suntik sêsakit edaning sêgawon.

Dumugining tanggal 6 wulan punika adêging padamêlan suntik sêsakit edaning sagawon sampun 45, inggih punika adêgipun kala taun 1885. Dados gangsal taun malih sampun madêg 50 taun.

Gropyokan ing Kiauw Sing Djit Po.

Kantoripun sêrat kabar Kiauw Sing Djit Po ing Surabaya, nuju ing wanci dalu dipun gropyok ing pulisi, sêrat-sêrat saha sanès-sanèsipun ingkang kamanah prêlu, sami dipun bêskup, dipun êwrat ngantos nêm mobil. Administratir tuwin lètêr sètêr 4 sami dipun bêkta ing pulisi. Mênggahing bab gropyokan wau wigatosipun taksih winados.

Iksamên ing pamulangan luhur pangadilan.

Lulus kandhidhat iksamên bagean kalih ing pamulangan luhur pangadilan, Radèn Sumarka.

--- 865 ---

Sawung sêrat kabar Jêpan.

Kawartosakên ing ngriki badhe kadhatêngan Tuwan Massu Udhi Norinobu dhirèkturing satunggalipun sêrat kabar ingkang agêng piyambak saha gadhah daya ing Jêpan. Tuwan wau dhatêngipun ing tanah Jawi, pêlu pados wawasan kawontênanipun sêrat kabar ing Indhonesiah.

Nyamarakên kêkirangan toya.

Pakaryan toya ing Surabaya anindakakên rêrigên, supados para têtiyang ing Surabaya sampun ngêbrèh sangêt panganggenipun toya, amargi kuwatos manawi badhe kêkirangan. Bab punika gêmintê badhe damêl sêrat sêbaran, tuwin rêrigên sanèsipun.

Kabêsmèn agêng.

Kawartosakên ing Mênadho wontên kabêsmèn agêng ing pêkên Cêmpaka, têlas 56 wuwung, kapitunan kintên-kintên f 70.000.-

Badhe sakatèn.

Wontênipun sakatèn ing Surakarta sampun cêlak, tumrap ing Ngayogya sampun amiwiti andamêl bango-bango, katingalipun langkung agêng tinimbang ingkang sampun. Wontên ingkang gadhah pangintên, bango-bango wau inggih ngiras badhe kangge mêmahargya yuswa dalêm Kangjêng Sri Bagendha Maharaja Putri 50 taun.

Taman pustaka ing Ngayogya.

Ing Ngayogya kawontênakên taman pustaka ingkang kanamakakên Djokdjasche Algemeene Openbare Leeszaal en Bibliotheek. Ingkang ngadani pakêmpalan wau paduka Tuwan Residhèn Westra, Bandara Pangeran Arya Suryadiningrat, Radèn Mas Tumênggung Suryatmaja, Ir. Yap Hong An, pambikakipun kala tanggal 1 wulan April kapêngkêr, papanipun wontên ing alun-alun. Wontênipun buku waosan ing ngriku sampun kathah, waragadipun kangge ngêdêgakên f 415- ingkang kathah saking bôngsa Eropah. Kas kasultanan ing taun 1930 maringi urunan f 1000. Pakêmpalan wau katingal majêng.

Malêbêt up aktê kursus.

Tuwan Latip Kartasubrata, guru H.I.S., 2. Tuwan Sutapa kapala pamulangan sêkakêl, 3. Tuwan Dwijawasita, kapala H.I.S. Muhamadiyah, tuwin 4. Tuwan Sumadi guru H.I.S. netral, sami wêdalan H.K.S. tuwin sami ing Surakarta. Katampèn malêbêt up aktê kursus ing Bandhung.

Jawah salju.

Sampun sawatawis dintên ing Malabar Bandhung, langitipun katingal pêtêng, wusana salêbêtipun nêm mênit lajêng jawah salju dêrês, mawi angin agêng. Kandêling salju ingkang dhawah ngantos 1 mètêr. Katingalipun ngantos kados nagari asrêp. Kawontênan wau ngantos sagêd angêndhêg-êndhêgi lampahing radhio sawatawis.

Asiah.

Ungguling wadya nagari ing paprangan.

Nanking 2 Juli (Aneta-Reuter). Up kuwartir wadya parentah martosakên bilih paprangan ing Yunan ngawonakên wadya Kwangsi tuwin Cung Pha Kwi, campuhipun pêrang ngantos tigang dintên, prajurit ingkang tiwas 15.000, ingkang 5000 prajurit nagari.

Katêrangakên malih, bilih ing tanggal 29 tuwin 30 golonganing wadya ura-uru, wongsal-wangsul anêmpuh bètèng, nanging ugi kenging kaundurakên, golongan wadya ura-uru karisakan agêng, kathah ingkang nandhang tatu.

Wadya nagari lajêng gêntos malês nêmpuh, ngungsir mêngsah ingkang taksih kantun, ingkang asli plajêngan saking Kwangsi.

Jayanipun pêrang punika kaanggêp wigatos sangêt, awis wadya parentah ingkang kêdhêsêk wadya Kwangsi lajêng sagêd uwal, tuwin sapunika sagêd andadosakên santosanipun Yunan tuwin Santung.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 4837 ing Kare. Mêsthinipun panjênêngan botên nampi blangko, krana sampun lunas.

Lêngganan nomêr 2196 ing Tara. f 1.50 ingkang kula tampi kaping 27/6-'30, tumrap wulan Juni, Juli lan Agustus.

Lêngganan nomêr 2307 ing Bandhung. Benjing tanggal 1/9-'30 panjênêngan kula wêdalakên saking lêngganan, awit wulan Juli sarta Agustus sampun ambayar.

Lêngganan nomêr 2293 ing Bayalali. Arta ingkang f 1.50 punika sakawit kalêbêt dhatêng pambayaran panjênêngan piyambak, nanging sapunika sampun kaêlih dhatêng no. 2303, Kajawèn 49 dumugi 53 sampun kakintunakên.

Lucon ingkang Botên Anggumujêngakên

Ing Batawi sawêg mubal wontên pilêm mawi sagêd aninunong-aninunong. Petruk tanpa kêndhat tansah ningali. Saking sangêting kêpasukipun, rintên dalu namung anggagas bab punika. Mila wêdalipun Kajawèn ing dintên punika pun Petruk botên wawan sabda.

--- 866 ---

Wêwaosan

Sintên ingkang Wajib Kantun.

9.

Johnson: Mangkene, manawi kula kamanah lêpat, kula katêdahna kalêpatan kula. nanging manawi rumaos kula: botên, awit, dhatêng kula ing ngriki botên niyat ngrêbat kabêgjaning liyan, sampun malih ingkang punika nama bôngsa, sampun botên babarpisan. Dados saupami sampeyan galih lêrês, kula punika namung nama tiyang sêsarêngan pados panggêsangan, saupami kaparêng sêsarêngan, kula namung andhèrèk.

Tuwan Smith wicantên sêrêng: Punika pamanggihipun tiyang badhe pados mênangipun piyambak. Mênggah caraning sêrêng-sêrêngan, sampeyan punika wênang kula tundhung.

Johnson: Kenging kemawon sampeyan kagungan panggalih sêrêng, nanging tumrapipun kula, namung kula tampi kanthi mênêbing manah. Nanging saupami kalampahana katundhung, kesah kula inggih manawi sampun mapan kalêpatan kula.

Smith: Manawi makatên sapunika ugi kula wênang nêtêpakên, bilih sampeyan tiyang nênêka, kula purih kesah saking ngriki.

Johnson: Punika namung pinanggih wontên dêrênging panggalih sampeyan piyambak, wêwênang sampeyan botên maton. Dados kula inggih awrat anglampahi. Kalihan malih tuwan, kados lêlampahan kula punika kula anggêp sandhungan, têgêsipun pakèwêd. Môngka mênggahing pakèwêd, punika pancèn sampun dados bêbahan kula, kêdah kula ajêngi kanthi kapurunan.

Tuwan Smith lajêng grêg anggagas, sarêng sampun kênthêl amanggih gagasan, lajêng wicantên dhatêng Tuwan Harwey: Kapriye Harwey, kowe aja mung mênêng-mênêng bae, kowe iya kudu duwe kêkêncêngan dhewe.

Harwey: Yèn aku, iya mung nêdya ngukuhi, yèn pulo iki dadi panguwasaku, aku ora rêna yèn ana wong kang ngrusuhi panggaotanku.

Smith: Wis, wis, cêkake mangkene, yèn didadèkake grêjêg, iya dadi, nanging bêcik ora. Nanging upama ora dadi grêjêg, bakal ora olèh karampungan kang gawe pamarêm. Dadi mungguh panimbangku, bêcik gawe tôndha saksi bae, ing bab asor unggule salah siji, lan aku duwe rekadaya liyane, têgêse ora magêpokan bab garêjêg, mung wite saka kono. Mangkene: Wis, saiki wong loro padha dhuwèla bae, mêngko êndi sing kalah, sing wajib sumingkir saka kene.

Johnson: Prayogi.

Harwey: Mangsuli kêndho: Ah, tindak mangkono mau aku ora mathuk, awit jênêng kêkêrêngan, sisip-sêmbire agawe rajatatu, gêdhene bisa gawe pêpati. Kuwi jênêng gawe kapitunan, lan bakal gawe susahing kulawargane. Aku aja koarani wêdi dhuwèl, wani bangêt. Nanging ya kuwi mau, dadi sanadyan aku mênang pisan, uga ora gawe sênênging atiku.

Smith: We la, rêmbugmu kuwi nganyêlake, dadi kowe kêna tak arani wong wêdi gêtih.

Harwey: Sakarêpmu anggonmu ngarani, nanging têmênan, aku ora bisa nglakoni.

Smith: Iya wis, salin gagrag. Ngene bae, saiki arêp tak êdu takad-takadan ngombe inuman kêras, êndi kang angglinting dhisik, ya kuwi sing kalah, kudu banjur lunga saka kene.

Johnson: Prayogi, kula namung andhèrèk.

Smith: Dadi, wis, Harwey ladènana.

Harwey: Sabar dhisik, kowe aja banjur nêtêpake mangkono. Ayake kowe wêruh dhewe, yèn aku ora maju mênyang inuman. Lan manèhe tindak mangkono mau nistha bangêt, aku ora bakal gêdhe atiku yèn unggul jalaran saka minum. Pikirên sing dawa ta, êndi bêcike wong minum, saya manèh yèn kogayutake kanggo prêlu kang kaya mangkene, loking akèh ora bêcik. Iba nisthaku, saupama aku disuwurake unggul prakara minum. Wis, wis, aku êmoh anglakoni.

Smith: La, kapriye, kabèh-kabèh kowe ora nyondhongi, jênêng anèh. La, sampeyan kadospundi Tuwan Johnson.

Johnson: Manawi kula dipun bên bab punapa kemawon inggih purun, tiyang punika ingkang badhe dados jalaran karampunganipun prakawis punika.

Tuwan Smith tansah angulir budi kemawon, kadospundi sagêdipun angrampungi bab punika. Wusana lajêng wicantên sêmu sêrêng: Wis, saiki mangkene, nanging bab iki yèn koêmohi Harwey, kowe tak têtêpake kalah, lan kowe sing wajib sumingkir saka kene. Karêpku mangkene, saiki padha arêp tak êdu santosa-santosanan ati, êndi sing tipis atine, ya sing kalah.

Harwey: Mungguh carane kapriye, aku arêp wêruh.

Smith: Wicantên nyêntak: Hèh, aja takon manèh, êmbuh kapriye bae akalku, kowe kari nglakoni, awit yèn aku kôndha, kowe iya êmoh manèh. Cêkake kowe kêduga apa ora. (Badhe kasambêtan)

--- [887] ---

Ôngka 56, 14 Sapar, Taun Jimawal 1861, 12 Juli 1930, Taun V.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm: tigang wulan ... f 1.50. bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Ngobrol ing Dintên Sabtu

Wawasan Têtandhingan Bal-balan

Malay - team - U.M.S.

Sapisan punika kula badhe ngobrol ing bab bangsaning sêporêt, ingkang samangke sawêg dipun rêmêni ing tiyang kathah, inggih punika: bal-balan. Sajatosipun mênggahing kula, botên pantês sangêt upami ngrêmbaga ing bab sêporêt, langkung malih ing bab bal-balan. Awit kula punika bangsaning tiyang pangajaran kina, dados dhatêng sêporêt cara modhèl enggal punika, sampun kathah supenipun. Inggih lêrês, bilih kala alit, kula ugi ngudi dhatêng sêporêt, ingkang botên beda kalihan sêporêt jaman samangke, inggih adamêl ngotot tuwin sarasing badan, nanging caranipun gèsèh, sarta pangudi kula wau inggih ragi kapêksa. Pamain kula sêporêt wau sadintên-dintênipun mêsthi ajêg, botên nate gothang, sadintênipun têmtu kaping kalih, enjing lan sontên. Botên beda kalihan sêporêt cara jaman samangke, kula ugi sagêd kringêtên, lan otot-otot kula ugi sagêd sami pating pathênthêng. Bedanipun kalihan sêporêt cara samangke namung satunggal, inggih punika, sanadyan gunanipun agêng sangêt, nanging ngêmungakên kangge [...]ranipunNaskah rusak. piyambak, beda kalihan sêporêt kula, gunanipun botên ngêmungakên kangge kula piyambak, nanging sagêd sumrambah dhatêng têtiyang sagriya. Awit sasampunipun rampung anggèn kula main sêporêt wau, têtiyang sagriya têmtu sagêd sami ... adus. Cara têtêmbunganipun ulah raga (Sportterm) sêporêt ingkang makatên wau dipun wastani ... ngangsu.

Ing ngajêng kula sampun matur, bilh anggèn kula nindakakên sêporêt wau, sabab kapêksa, ewasamantên inggih wontên bangsaning sêporêt ing kala punika, ingkang kula rêmêni sangêt. Jalaran saking awrating sêporêt ingkang kula lampahi, sarta jalaran saking kathahing kringêt ingkang kula wêdalakên, ingkang anjalari kula kapêksa sakêdhap-sakêdhap kêdah ngombe, kadhangkala sok sagêd lêlampahan, kula ngantos supe ing purwa duksina. Mênggah namaning sêporêt wau, anggodril, utawi amblèndèr. Dene anggèn kula ngantos supe ing purwa duksina wau, jalaran ingkang blêbag-blêbêg kula ombèni wau jêbul, ao, aliyas arak obat. Cara têtêmbunganipun ulah raga (Sportterm), supe ing purwa duksina ingkang makatên wau, dipun wastani: mabuk. Awon utawi saenipun sêporêt kados ingkang kula aturakên punika, ing ngriki botên prêlu kula anglairakên mênggahing pamanggih kula, kuwatos mangke mindhak wontên ingkang ngajak: êmbèk-êmbèkan, awit sampun dados lageaning manusa, manawi sawêg nyêlir enggal upaminipun, dados manawi sawêg ing salêbêting pasihan, sanadyan wujuding sêlir wau kados sarag galuwan, katingalipun inggih mêksa kados: Dèwi Ratih angejawantah.

--- 888 ---

Amangsuli rêmbag kula ing ngajêng ing bab bal-balan. Para maos têmtunipun sampun sami mirêng, bilih ing wêkdal punika wontên pakêmpalaning bal-balan bôngsa Mlayu saking Singgapura, nama Malay team, ingkang anjajah tanah Jawi prêlu têtandhingan kalihan pakêmpalan-pakêmpalan bal-balan ing tanah Jawi. Sanadyan pakêmpalan wau wontên ing tanah Jawi ngriki dipun mêngsahakên kalihan pakêmpalan-pakêmpalan ingkang sampun misuwur mênggahing kasagêdanipun bal-balan, ewadene mêksa kêrêp mimpangipun katimbang kawonipun, anandhakakên, bilih mainipun pakêmpalan wau sayêktos kenging tiningalan. Jalaran saking punika, sarêng kala dintên Sabtu ingkang kapêngkêr kula mirêng, bilih Malay team wontên ing Batawi badhe katandhingakên kalihan pakêmpalan U.M.S. inggih punika pakêmpalan bal-balan tumrap bôngsa Tionghwa ing Batawi ingkang kiyat piyambak, kula lajêng amrêlokakên ningali. Mênggah angsal-angsalaning wawasan kula, kados ing ngandhap punika:

[Grafik]

Para sawung bal-balan saking Singgapura.

Ombyaking têtiyang nonton, sanadyan kados padatanipun, bal-balan punika tapukipun jam 5 kirang saprapat, nanging wiwit jam 3.30 tiyang sampun andilir sami nuju dhatêng papan têtandhingan. Ubaling tiyang nonton, inggih bôngsa Eropah, Tionghwa, punapadene tiyang siti kenging dipun basakakên kados gabah dèn intêri. kintên-kintên jam 4.30 ing papan têtandhingan sampun bêntêt dening kathahing tiyang nonton, ing ngriku papanipun tiyang nonton dipun pisah-pisah, inggih punika: trubinê, papan ingkang awis piyambak sewanipun. Satunggal-satunggaling panggenan f 2.40, dados ngêmungakên kangge para ingkang pamêdalipun sathekruk, amila ing ngriku inggih namung saprapat kêbak. Lajêng papan ingkang wontên linggihanipun, sewanipun f 1.80, tiyang ingkang nonton ing ngriku, sagêd sami linggih, nanging manawi botên mangangge rasukan ôntakusuma, manawi bêntèr inggih mêgap-mêgap sabab kêbênteran, manawi jawah inggih anjêdhindhil. Lajêng papanipun tiyang kathokan, sewanipun tumrap tiyang satunggal f 1.20, papan wau upami dipun wastanana: klas kathok, inggih sampun mathis sangêt, awit ingkang sami nonton wontên ing ngriku punika: bôngsa Eropah, bôngsa Tionghwa, tuwin bôngsa pribumi lan sanès-sanèsipun ingkang sami cêlanan. Dene kula piyambak ing sarèhning kala punika mangangge cara yangko-yangko, têgêsipun cara Eropah botên, cara Tionghwa botên, cara pribumi inggih botên, lan amrih sagêd têrangipun anggèn kula nonton, kula lajêng andhêsêl wontên ing klas kathok. Sajatosipun mênggahing kula, sanadyan badhea wontên ing trubinê pisan, inggih botên wontên pakèwêdipun. Awit tumraping kula, waragadipun kangge lumêbêt ing papan têtandhingan wau, ngêmungakên ... main mata kalihan tiyang ingkang jagi kori, ingkang kala punika gagasanipun kintên-kintên: sakêras-kêrase sêtatsêblad, kadhangkala dikalahake karo sobat.

Dene papan ingkang mirah piyambak, ingkang sewanipun namung f 0.50 punika botên ngêmungakên nama kêbak kemawon, nanging kenging dipun wastani kêbik dening tiyang siti.

Mênggah kawontênanipun papan ingkang awis sewanipun utawi mirah, punika sanadyan botên sarana dipun sêngaja, ing ngriku kadosdene wontên sêdya badhe milah-milah wontênipun têtiyang ingkang sami nonton. Wiwit papan ingkang sewanipun f 1.20 minggah, punika sabagian agêng dipun ênggèni bôngsa Tionghwa lan sanès-sanèsipun, dene papan ingkang sewanipun namung f 0.50 ngêmungakên dipun ênggèni ing tiyang siti. Wontênipun pilah-pilah ingkang makatên punika, manawi ngèngêti kalimrahaning watakipun tiyang, ingkang sok botên sagêd milahakên kawontênanipun sêporêt kalihan raos kabangsan, punika kenging dipun anggêp kadosdene satunggiling panjagi anêbihakên dhatêng pasulayan. Langkung malih dene ingkang badhe têtandhingan bal-bala punika, antawisipun pakêmpalaning tiyang Mlayu, ingkang jalaran saking samining adat tatacara tuwin agaminipun dipun anggêp tunggil bôngsa kalihan têtiyang siti ing ngriki, kalihan pakêmpalanipun bôngsa Tionghwa, wontênipun pilah-pilah panggenan wau pancèn inggih utami sangêt. Jalaran panyaruwening sawênèhipun tiyang, manawi wontên mêngsahing pakêmpalan ingkang dipun botohi, dhawah utawi kêtliwêng, punapa malih manawi mêngsahipun kalêbêtan bal, punika asring adamêl abriting kuping sayêktos. Kados ta: nalika U.M.S. inggih punika pakêmpalaning bôngsa Tionghwa kabobolan, punika para nonkonnonton. tiyang siti botên ngêmungakên surak-surakan kemawon, nanging wontên ingkang lajêng sami lumêbêt ing papan têtandhingan. Jêjogedan sarana ngumbul-umbulakên kopyah, udhêng utawi sarungipun, malah wontên ingkang lajêng ambrondong mrêcon, ing ngriku sajak badhe anglairakên jèngkèlipun dhatêng bôngsa Tionghwa, anggènipun botên angsal ... ngêbon ing tokonipun.

Samangke mênggah pamainipun, kala têtandhingan sawêg dipun wiwiti,

--- 889 ---

ing ngriku katingal, yèn pakêmpalan kalih wau mèh sami kiyatipun, kaotipun: pakêmpalan Malay-team sajak sampun kulina sangêt main sêsarêngan. Wontên ing pundi dhawahing bal, têmtu wontên tiyangipun Malay-team, ingkang nampèni. Amila balipun inggih prasasat tansah wontên ing sangajênging gulipun U.M.S. kemawon. Kajawi punika U.M.S. ing kala punika, upami tiyanga makatên, sajak sawêg kalêrês pupak pusêripun, dados inggih sawêg apês jayanipun, amila botên antawis dangu kemawon U.M.S. inggih lajêng kêbobolan. Ingkang andadosakên cingakipun para pênonton Tionghwa. Kala punika surakipun para pênonton tiyang siti ambal-ambalan rame sangêt. Makatên ugi kula, dhongipun makatên inggih kêpengin tumut ambêngok: hore, hore, nanging sarêng kathah tiyang Tionghwa ingkang sami namatakên dhatêng kula, inggih lajêng sande pambêngok kula, sarta lajêng gèdhèg-gèdhèg, rewa-rewa botên cocog kalihan surakipun wau, sarana anglairakên wicantênan makatên: Ah, bangsa wana, itu memang bisae.

Nanging botên watawis 15 mênit malih, lajêng gêntos Malay-team ingkang kêbobolan, wah, samangke pênonton Tionghwa ingkang surak rame. Ing sarèhning kula wontên ing antawisipun bôngsa Tionghwa, kula inggih lajêng kapêksa tumut surak, nanging surakipun wau surak sêpuh, kados tiyang ingkang sawêg kêbêbêlên.

Wiwit punika solahipun U.M.S. saya dangu lajêng saya katingal kêndho, ingkang punika amila lajêng tansah kabobolan kemawon, ngantos jangkêp satêngah losin.

Sampun samantên kemawon. Sanès dintên ngobrol malih.

S.m.t.

Panglipur Manah

Umuk Kaalap ing Dhêmit

Ing Kajawèn nomêr 55 nyariyosakên anggènipun Mas Krêti umuk kandhêg dening nuju wanci dhahar. Ing dalêm manah Mas Krêti inggih ragi gêla, awit nuju sawêg mêmpêng. Mila sarampungipun dhahar, taksih nyamuk-nyamuk Mas Krêti sampun wiwit umuk malih: Kala samantên lampah kula dumugi ing dhusun ingkang kula dèrèng nate sumêrêp, nanging pangraos kula têka cêlak kemawon. Ing ngriku kula sampun dipun papag Radèn Gêndir Panjalin, sampun dandos pameran. Kula gumun sakêdhik, dene pangagêmanipun Radèn Gêndir Panjalin wau sarwa kancana, tinarètès ing sêsotya, manawi sinawang saking mandrawa, kadyangganing sasôngka, kadi sirna dèn kêdhèpna.

Wôngsa: Mas, manawi ngandikan padintênan bok sampun kêkathahên Kawi, mêndhak andadosakên pikiran.

Mas Krêti andêngèngèk kalihan wicantên: Lo, punika dados tôndha saksi saking kêtênta kula dados dhalang kala rumiyin, Mas Wôngsa. Sarêng lampah kula dumugi palataran, kathah lare sami dolan, sarêng sumêrêp kula dhatêng lajêng sami surak: Hore dhalange têka. Ingkang kula gumuni malih, lare salatar wau sami gombak sadaya, têngahing gombak mawi dipun kanthil-kanthili sêkar kanthil, wah sami sês, tanganipun têngên ambêkta tumpêr. Kala samantên kula ambisiki Amin: Min, aja sêmbrana, kabèh iki setan, yèn kowe undang-undang nyêbuta dèn bagus. Rak ya gombak kabèh dhèk anu kae ya Min.

Amin: Inggih. Amin saking pakèwêd, botên nginggihi mêsakakên Mas Krêti, nanging sabên nginggihi dipun pandêng Wôngsa. Dangu-dangu malah andalarung

--- 890 ---

pisan, awit sampun mangrêtos manawi Mas Krêti dados gêgujêngan, lajênging wicantên: Nanging kala samantên inggih wontên ingkang gundhul.

Mas Krêti: Bênêr, ya kae sing jênêng setan gundhul. Cêkakipun kula lajêng dipun irit dhatêng pandhapi. Wah, agêng saha saening pandhapi, ngungkuli kabupatèn. Ing ngriku Kyai Prawirasêkti sampun lênggah, dipun ayap ing para nyai ayu-ayu, ngadhêp patehan sarwa kancana. Kyai Prawirasêkti lajêng ngandika: Mas Krêti, kula sampeyan dhalangakên, kangge ambêbingah lare, mangke dalu kalêrês wêdalan kula, lampahanipun Sumbadra Larung. Nanging kula mêling, manawi mêdal Radèn Burisrawa tapa sampun mawi ngêdalakên ingkang anggodha, awit manawi ngêdalakên ingkang anggodha, lare-lare ngriki sami muring-muring. Wangsulan kula: Inggih sandika. Nalika wau kula dipun paringi epahanipun, tuwin dipun sukani kunir kangge jampi.

Wôngsa wicantên piyambak: Tak gumuni kunir dhêmit kuwi kok mêsthi dadhidadi. êmas.

Mas Krêti reka-reka botên mirêng. Namung nglajêngakên wicantên: Kalampahan kula lajêng andhalang. Wah kathahipun tiyang ningali ngedap-edapakên. Dilalah kala samantên kula kasupèn, nalika Radèn Burisrawa tapa, kula ngêdalakên setanan anggodha. Kocapa, ing ngriku kula lajêng dipun byuk ing lare sajagad, sami ngithik-ithik, kalihan mungêl: Aku ora trima, athik diwadani. Kala samantên Amin ngantos kakên. Rak iya ta Min.

Amin: Inggih.

Mas Krêti: Kauningana para priyantun, ing sanalika ngriku, byar, kula lajêng santun paningal, jêbul kula kalihan Amin sami pating pêthangkruk wontên ing wit randhu wana. Wah, susah kula kados punapa, tujunipun kula lajêng ngulur satagèn kula sambêt kalihan satagènipun Amin, lajêng sami sagêd mandhap. Apa satagènmu dhèk anu kae isih Min.

Amin: Salaminipun kula botên nate satagenan.

Mas Krêti: O, apa dhèk anu kae satagènku dhewe. Kala samantên kula lajêng mantuk tiyang kalih, dilalah kala samantên wêtêng kula mulês.

Wôngsa: Saiki arêp ngêtokake kunir mêsthine.

Mas Krêti: Kula lajêng wicantên dhatêng Amin: Min, apa kunir sing maringi kyaine isih kogawa. Amin mangsuli taksih, lajêng kula têdha badhe kula mamah. Nanging kados punapa kagèting manah kula, kunir wau dados êmas ngunir bosok. Sanalika mulêsing wêtêng kula lajêng mantun. Amin lajêng kula sukani sagrigèh. Rak iya ta Min.

Amin: Gajêgipun botên saèstu.

Wôngsa: Mas Krêti pancèn lalèn. Sampun Mas Krêti, kacuthêla samantên kemawon, Amin sampun kêsêl anggènipun nginggihi.

Wusana lajêng bibaran.

--- 891 ---

Bab Ringgit

Bathara Endra

Bathara Endra punika putranipun Bathara Guru, nalika ngejawantah jumênêng nata jêjuluk Sri Maharaja Sakra wontên ing nagari Mêdhanggana, rêdi Sêmèru. Sarêng pasulayan kalihan para kadang ingkang sami jumênêng nata, lajêng amaligi ngratoni para dewa tuwin para rêsi, saha santun jêjuluk Sri Maharaja Surapati, nagarinipun taksih lêstantun wontên ing rêdi Sêmèru, lajêng dipun lih Suralaya, ugi lajêng jêjuluk Sang Hyang Surapati, kadhatonipun lajêng kawastanan Suralaya.

Sami-sami dewa, Sang Hyang Endra punika kêrêp kocap piyambak, kahyanganipun kêrêp kambah ing pakèwêd. Wontênipun makatên, amargi Hyang Endra punika dados ratuning dewa, punapa kawontênanipun ing Suralaya tansah dados pêpenginaning ngakathah, kados ta: manusa, danawa, dene adhakanipun tuwuh saking kapengin ngalap widadari, awit Hyang Endra punika kagungan widadari ingkang dêdunung wontên ing kadhatonipun, inggih punika ing Suralaya.

[Grafik]

Bathara Endra.

Sabên wontên lêlampahan prakawis makatên, lajêng nuwuhakên pêranganing para dewa kalihan manungsa utawi danawa, lêlampahan kados makatên punika tansah wontên kemawon, kados ta kala jaman Ngalêngka, Prabu Rawana kapengin anggarwa widadari, lajêng nuwuhakên pêrang kapanjang-panjang, malah Prabu Rawana kalampahan sagêd anggarwa widadari putranipun Sang Hyang Endra piyambak.

Nalika jaman Prabu Niwatakaca,Niwatakawaca. kapengin anggarwa Dèwi Supraba, widadari ing Kaendran, inggih nuwuhakên pêrangan. Tuwin taksih kathah sangêt lêlampahan ingkang kados makatên punika.

Sang Hyang Endra punika sampun kacariyos satunggiling dewa ratu, mila ugi kathah anggènipun damêl wêwangunan, mênggah caraa nata limrah nama ambusanani praja tuwin kadhaton. Manawi mirid cariyosan sêrat, ingkang dipun tulad dening para nata, inggih bab kadhaton, wêwangunaning praja, punapadene lêlangênipun, sami mirid ing Kaendran, kados ta bab waringin kêmbar, Hyang Endra ingkang miwiti, dipun namakakên Jayandaru, Dewandaru, dumuginipun ing jaman sapunika tumrapipun karaton ing Surakarta, namaning waringin kêmbar, inggih waringin kurung,

--- 892 ---

ugi kados makatên. Makatên ugi mênggahing lêlangên gôngsa, badhaya, ingkang miwiti inggih Sang Hyang Endra, dipun tulad dumugi sapriki.

Sarêng jamanipun Pandhawa, Hyang Endra mundhut putra dhatêng panêngah Pandhawa, mila panêngah Pandhawa inggih lajêng karan Endratanaya, têgêsipun putraning Endra. Pangakênipun putra Sang Hyang Endra dhatêng panêngah Pandhawa sakalangkung asih, mila tumrapipun ingkang dipun pundhut putra, inggih kêrêp sangêt sowan dhatêng Kaendran.

Malah manawi mirid dêdongengan Indhu, panêngah Pandhawa punika botên namung dipun pundhut putra kemawon, nanging malah putra piyambak. Lan malih Hyang Endra sihipun inggih katingal sangêt, kados nalika panêngah Pandhawa ngêntasi damêl sagêd nyirnakakên Prabu Niwatakawaca, ngantos dipun paringi widadari minôngka ganjaran anggènipun unggul ing pêrang.

Kajawi punika, Hyang Endra inggih anggalih sangêt murih para Pandhawa sami unggul ing prang, awit sampun uninga, manawi Pandhawa punika dados satrunipun Korawa, inggih punika kadangipun sri nata ing Ngastina Prabu Suyudana. Wontênipun Hyang Endra mrihatosakên, awit Kurawa punika santosa, wah malih sang prabu kagungan senapati linangkung nama Radèn Karna.

Kados ingkang sampun dipun cariyosakên wontên ing bab Bathara Surya, Radèn Karna dipun dhawuhi Hyang Surya manawi badhe karawuhan Hyang Endra, badhe mundhut anting-antingipun, awit sampun winêca manawi anting-antingipun Radèn Karna oncat saking talinganipun, badhe apês ing jurit.

Kalampahan Hyang Endra tumêdhak amanggihi Radèn Karna, nanging Hyang Endra mindha-mindha brahmana. Radèn Karna sampun priksa manawi ingkang mindha-mindha brahmana wau Hyang Endra, mila anggènipun ambagèkakên kanthi taklim, pangandikanipun: Rawuhipun sang brahmana badhe mundhut punapa, punapa mundhut papan ingkang loh awiyar, punapa mundhut rajakaya ingkang nyêkapi. Pangandikanipun Hyang Endra botên nyuwun punapa-punapa, kajawi nyuwun anting-anting ingkang taksih kagêm.

Radèn Karna saya botên kasamaran malih, bilih ingkang rawuh punika Hyang Endra, aturipun: Pukulun, mênggahing rajabrana, tumraping sinatriya, botên rinaos sagêd adamêl kaluhuraning darajat, namung dipun anggêp sapele. Nanging mênggahing anting-anting kula punika, sarèhning nama manggèn atunggil daging, lajêng kadospundi, manawi kapundhut inggih kula sumanggakakên, nanging sampun adamêl cacad gula.kula. Lan malih kula nyuwun lintu dêdamêl linangkung.

Sadaya wau dipun pituruti ing Hyang Endra, namung ing bab gêgaman, kaparêngipun ngangge manawi nuju wontên damêl ingkang sayêktos.

Sasampunipun kalampahan makatên, Hyang Endra sakalangkung suka ing galih, rumaos manawi panêngah Pandhawa badhe unggul ing pêrang.

Samantên pangemanipun Hyang Endra dhatêng Pandhawa.

Cêcariyosan ing jaman purwa ingkang lajêng kagathukakên kalihan kawontênan ing jaman sapunika, kathah ingkang manggalih manjing ing pangothak-athik, punika namung kasumanggakakên dhatêng para maos.

--- 893 ---

Raos Jawi

Caraka Wêdhar

Sinawung sêkar PucungPocung.

Ha. urip luhung amung manusa linuhung / asalnya saking Hyang / ingkang sasana mênuhi / isining rat ing donya akir samoha //

Na. nora dunung nanging nyatane dumunung / namung nora gana / namar nèng jroning awêning / ninging budya pana jatining suksmana //

Ca. cêtha ancung cag-cêg cupêt têmah mrucut / cipta tan truwaca / cuthêl cacad nora lancip / carêming Hyang nèng tyas suci tan maleca //

Ra. rasa sirung rungsit tan kêna sinêrung / rakêt pamorira / rina wêngi lumastari / rosing urat warata jroning sarira //

Ka. kudu ngaku kumpul kalawan kang mêngku / kuwur tan wêweka / kêna ingaran kumaki / kakekate katriwal nora tumêka //

Da. dadi kadung dumadine tan wruh dudu / daludur mukarda / dinalih dadi pribadi / dadi nora dumunung lawan waspada //

Ta. tumuruntun tinuman talatèn atul / tinetah satitah / tinliti têlênging ati / tamtu têka nora kaliru ing tata //

Sa. slira rasul sulihing Hyang môngka rusul / sing kwasèng Hyang Êsa / sinung sih rinoban ing sih / sinung wênang misesa lir Hyang Wisesa //

Wa. wus winuwus wasitane pra misuwur / wose nyuda hawa / waspadakna mrih katawis / woring Suksma tarlèn sing sucining jiwa //

La. lênglêng linglung lastari lulus kapilut / lalu tan malela / limut kalimput ing lali / lamun lena ilang ingkang pinilala //

Pa. pasthinipun pinusthi mrih tan kalimput / pèngêtên ywa lupa / pêpalang kang tansah ngrampit / pamardine lantaran barata tapa //

Dha. dhasar dhadhut dhinêsêg dhadhag tan ngadhuh / dhinêndha kadhadha / dhangan tyase nora kêndhih / dhating nala yèku tôndha dadi godha //

Ja. jôngka ngêjum jêjêring driya tuwajuh / jatmika prasaja / jinêm jatining pamuji / jangji têmên tinêmu jroning pamuja //

Ya. yêkti ayu yèn anggung ambêg rahayu / yuwananing driya / yogya pinardi kariyin / yatnèng driya sayêktine tan sulaya //

Nya. nyipta trênyuh nyam-nyamên mring alam kanyut / nyata lamun sunya / nyinaua amrih sunyi / nyênyudaa karêkat rasaning donya //

Ma. marma lamun marsudi utamèng ngèlmu / margane kotaman / momot kamot sêpên pamrih / mrih widada tan samar alame lama //

Ga. gagar gugur gêgarane têkêp gugur / gayuhane wigar / gêr-ugêre tan maligi / gagap-gagap gita-gita tan prayoga //

Ba. bubar kabur babaran saking têkabur /

--- 894 ---

bablas ambarabas / bengkasên ywa kongsi kibir / binudia mrih pasrah maring kang Murba //

Tha. thukul gathuk thêring dwistha dadya gathuk / thok-thêle palastha / thênging sêdya wus pinasthi / thukul nistha thêk-thêkan dadi ngalênthar //

Nga. ngênglêng bingung ngawur ngawag rangu-rangu / ngungsêt wadining rat / ngracut ngukut kang piningit / ngudi ngayuh nguwori mring kang Murwèng Rat //

K. 581. Saraya.

Wangsul Minggah Kaji

Ing wêkdal punika kalêbêt wancinipun tiyang sami wangsul saking Mêkah, anêtêpi wajibing rukun Islam, inggih punika minggah kaji.

[Grafik]

Ing môngsa makatên punika, mèh ing sabên sêtatsiun kathah tiyang sami mêthuk dhatêng kulawarganipun ingkang nêmbe sami wangsul, malah tumrap ingkang kacêkapan, wontên ingkang mêthuk dhatêng palabuhan, ingkang kathah dhatêng Tanjungpriuk, palabuhanipun kitha Batawi. Awit ing ngriku kenging dipun wastani jujuganing tiyang wangsul saking Mêkah tumrantumrap. tanah Jawi ingkang kapisanan.

Kawontênanipun tiyang ingkang mêthuk wau, ingkang kathah namung nangguh kemawon, têgêsipun botên saking angsal pawartos saking tiyang ingkang dipun pêthuk.

Lêlampahan makatên punika limrah andadosakên pangantu-antunipun ingkang mêthuk, sabên kalamangsanipun kapal dhatêng lajêng sami mapag dhatêng palabuhan, dèrèng sampun-sampun manawi dèrèng angsal katrangan ingkang cêtha. Trakadhang ngantos mèh sawulan sawêg dhatêng, nanging ugi wontên ingkang wusananipun namung angsal pawartos, bilih ingkang dipun pêthuk amanggih sabab wontên ing margi, utawi ngajal wontên ing purug.

Pawartos kados makatên punika sagêdipun angsal katrangan manawi nuju wontên tiyang ingkang cêtha dhatêng kawontênanipun ingkang dipun pitakènakên.

Dene ingkang têtêp nama tiyang mêthuk sayêktos, punika tumrap ahli waris ingkang angsal pawartos tèlgram saking tiyangipun piyambak.

Sasisih punika gambaripun para têtiyang ingkang sami mêthuk dhatêng kulawarganipun, wontên ing palabuhan Tanjungpriuk.

--- 895 ---

Waosan Lare

Kêtliwêng Barêng

VI. Sang prabu mriksa tênunan

[Balabag]

sakabèhe nuli bali padha sowan / sajake / cakrak-cakrak kaya sanyata wêruha / wujude / nanging kabèh iya êmung reka-reka / têmêne //

satêkaning ngarsa nata linggih tata / amèpèt / nyêmbah barêng rampake bangêt katara / sajake / kaya wayang panyêmbahe manut kêprak / thêrèk thèk //

sang aprabu andangu sêmu kêduga / kapriye / apa sira iku wis nyatakke cêtha / kabèhe / lah munjuka sing cêtha awela-wela / lah gage //

ana siji sing kêsusu matur cêtha / mangkene / kula nuwun kula botên munjuk dora / ngêtèprès / yêktosipun ing gampiling unjuk kula / wah sae //

pangagêman dalêm kang sawêg pun garap / mancèrèt / sutranipun wêdalan tanah Indhustan / Benarès / alus nanging ulêt prasasat wacucal / pun pênthèng //

gêbyaripun adhuh kula ngantos eram / lan anèh / awit mawi cahya sasat dilah êgas / kêmêtèp / mèh kemawon maripat kula kêcandhak / ing bèlèk //

ana liya sing sambung karo anyêmbah / arèntèng / nuwun gusti badhe agêm dalêm nyata / yèn sae / pantês namung kagêm manawi sarêngan / wontên drèl //

pundi wontên badhe kêdhut botên bêdhah / pun pêthèl / nanging namung ampang sasat kados opak / rak anèh / yèn pun agêm gusti tamtu kados dewa / pangantèn //

sang aprabu ing galih bangêt kaduga / adhèhèm / lan ngandika mêngko ingsun arsa têdhak / nyatakke / dadi jênêng ingsun iki nêmu bêgja / agêdhe //

ora ilang gonku ngabdèkke wong anyar / dadine / yèn sun ganjar pangkat iya bisa nyandhak / sing gêdhe / awit nyata bisa anjunjung darajat / gustine //

ana abdi sing baut bangêt angumpak / unjuke / kaluhuran dhawuh pangandika nata / amanggèn / pun dadosna nayaka sampun cêkapan / lan sae //

ora suwe ana dhawuh arêp têdhak / arame / têngaraning prajurit jaga katara / anylomprèt / suwarane acêtha adoh ngumandhang / dèt titèt //

nuli miyos digrubyug para nayaka / kabèhe / lan wis ana abdi dhisik rêrikatan / lakune / paring wêruh yèn sang prabu arêp têdhak / bakale //

barêng Danu tômpa dhawuh nuli kôndha / mangkene / ngati-ati lo Dani aja sêmbrana / bakale / dinyatakke gusti sing duwe nagara / marene //

Dani clathu lan angguyu cêkakakan / hak hak gèg / ya arêpa dinyatakke malaekat / bok bène / wong jênênge kabèh uwis kêna daya / ing pèlèt //

ra-orane ana uwong bisa kôndha / ne ngene / malah mêngko karêpku arêp mainan / cikbène / padha eram aku kari ngenak-enak / nyêkèkèk //

wong jaragan aku wis dadi wong edan / mangkene / yèn aluse [alu...]

--- 896 ---

[...se] ngêcakake tatakrama / kirane / malah dadi jalaran ora kapenak / rak blaès //

nuli ana abdi jajaran kang têka / ngandhakke / yèn sang prabu wis rawuh ana ing jaba / mulane / juru tênun supaya lèrèn sadhela / mêthukke //

Dani muni nyêntak karo panthêlêngan / ah bêdhès / kowe kuwi uwong ora wêruh tata / patute / lah anggêpmu apa dene wani mrentah / dhapure //

apa aku kokira wong loro sigar / drohun he / wis lungaa aja ngêkèh-kèhi kôndha / nèng kene / apa kowe kalakon nganti tak dhupak / wong juwèh //

uwong mau iya bajur lunga klepat / agage / Dani nuli kôndha nyang Danu angakak / ngrêtie / sabên uwong tak gêtak mêsthi naratab / angèwèl //

Danu êmung andhingkluk kaya kêduga / atine / karo kôndha iya Dani pancèn nyata / mulane / ngèlingana edan bisa kabênêran / mangkene //

nuli rawuh sang prabu jumênêng cêlak / sandhinge / uwong loro sing ithu nênun kothongan / batose / dene iki ora ketok apa-apa / mangkene //

nganti suwe sang prabu tansah anggagas / rak anèh / dene ithu kaya uwong nênun tênan / sajake / nanging êndi wujude kok ora ana / lêr-lêre //

nuli ana nayaka nyêdhak sang nata / ngrêpèpèh / karo matur lah gusti rak inggih nyata / yèn sae / wah punika pantês pun agêm pameran / mancèrèt //

sakabèhe bupati nuli anyêdhak / nêrangke / bab bêciking pangagêman warna-warna / unjuke / lah punika kang sumampir inggih brêgas / tur barès //

gone matur lan nuding tampar dipênthang / sajake / kaya ana jarik nglawèr ing sampiran / arèntèp / nuli ana sing sajak ngudhar lêmpitan / dipênthèng //

barêng Dani wêruh sing padha tumandang / anolèh / karo kôndha: bok sampun sami sêmbrana / èh èh èh / punika rak botên kenging dipun grayang / ing sanès //

sampun sampun enggal tumuntên sèlèhna / kang sae / yèn ngantosa amoh mêsthi kêtêmpahan / rêgine / botên angsal sakilan sadasa dinar / tapsire //

sang aprabu barêng mriksa saya mlêngak / batose / yèn mangkono apa ingsun iki owah / dadine / dene kabèh wêruh ingsun dhewe ora / rak anèh //

yèn ngantia ingsun ngandika prasaja / mêsthine / kawulaku banjur nêtêpake owah / ratune / yèn mangkono bêcik ngaku wêruh cêtha / ayake //

sang aprabu banjur dhawuh karo nyêntak / hèh kabèh / aja banjur tarancagan wani nyandhak / marene / gulo nganti ana sing tiba ing lêmah / ah pancèn //

sira iku rak padha andhèrèk nata / jêbule / calangkrakan ora nganggo kôndha-kôndha / nyang kuwe / abdiningsun juru tênun wong nonoman / karone //

--- 897 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Kopêrasi.

(Sambêtipun Kajawèn nomêr 44)

Petruk: Lagi anu aku wis nêrangake mungguh karêpe: kopêrasi dititipriksa dening nagara, saiki karêpe: diulat-ulatake. Kiyi kuwajibane nagara ambudidaya supaya wong-wong padha sênêng mênyang kopêrasi lan mulang kêpriye tumindake kopêrasi.

[Grafik]

Garèng: Anggone nagara arêp mulang utawa ambudidaya murih wong-wonge padha sênêng nyang kopêrasi, kuwi kêpriye, Truk, kiraku ya angèl bangêt. Awit watake sing diwajibake ing bab kuwi, sing têmtune iya bangsane amtênar Eropah, kuwi seje bangêt karo watake bangsaku kiyi. Kaya ta upamane: wiwit cilik mula wong Jawa kuwi diwulang: aja mangeran mênyang dhuwit, awit dhuwit kuwi rêrêgêding donya, sapa sing mangeran mênyang dhuwit, banjur anduwèni watak: têgêlan, tegan, saèn, lan sapêpadhane. Piwulang kang mangkono kuwi tumrape wong Jawa prasasat wis rumasuk ing balung sungsum. Wusanane: barêng ngisor irung lan pipine wis padha kêthukulan rambut, banjur olèh wulangan: dhuwit iku kuwasa, sapa sing sugih dhuwit, mêsthi bisa ngêlun jagad, mulane gêmia, supaya bisa mukti uripmu ana ing donya kene. Malah nganggo dièmbèl-èmbèli unèn-unèn: yèn kowe arêp ananjakake dhuwitmu, olak-alikên kang nganti mêmêt. Hara, piwulang loro kiyi apa ora ngrujak sêntul, dika ...

Petruk: Mungguhing panêmuku piwulang loro-lorone kiyi bêcik kabèh, awit piwulang kang kapisan karêpe mung arêp anjaga, aja nganti wong kuwi bangêt-bangêt anggone mangeran mênyang dhuwit, jalaran sapa sing wis kabanjur kèrêm mênyang dhuwit, sing akèh-akèh banjur lali marang kautaman. Dene piwulang kang kapindho, karêpe arêp ambudidaya supaya wong aja ngêbrèh-êbrèh bangêt marang dhuwit, awit tindak kang mangkono kuwi bisa anjalari kasangsarane awake dhewe. Mulane mungguhe jaman saiki, ing sarèhne dhuwit kuwi akèh bangêt kanggone, bêcike iya anjupuk têngah-têngah, mangeran dhuwit: ora kêna, nanging ngêmohi dhuwit iya: tidhak bolih. Nanging bab kiyi tak punggêle [punggê...]

--- 898 ---

[...le] samene bae, saiki tak ambanjurake ngandharake kuwajibane nagara anggone ambudidaya supaya wong padha dhêmên mênyang kopêrasi lan mulang ing bab kuwi, yaiku sarana: gawe propagandhah, mranata, awèh pituduh lan nênuntun. Dadi niyate nagara: arêp nyampurnakake anane kopêrasi, lan ngilangi kang dadi cacad-cacade. Saya suda cacad-cacade mau, iya saya suda angggone diulat-ulatake nagara.

Garèng: Dadi yèn aku ora kaliru, anggone diulat-ulatake dening nagara kuwi kanggo sawatara môngsa. Yèn pakumpulane kopêrasi, cara wonge ngono wis diwasa, didadi. wis doyan pêdhês, kuwajibane nagara kang awujud ngulat-ulatake mau, iya wis rampung. Nèk mêngkono larase, iya bolih dijalani. Hla, saiki, Truk, sing dipatah dening nagara angulat-ulatake mau, têmtune iya amtênar Walônda, tur blanjane iya sing sathekruk kae.

Petruk: Dene sing diwajibake dening nagara ngulat-ulatake mau: adpisur credietwezen lan kopêrasi. Wis mêsthi bae yèn adpisur piyambak ora bisa nindakake kang kanthi mêsthine, kang iku atas namaning adpisur mau, banjur sok ditindakake dening para amtênar credietwezen utawa lanbao.

Garèng: Iki têmtune iya amtênar-amtênar bôngsa Walônda kabèh, awit jarene blanjane amtênar-amtênar kiyi sahohah-sahohah, lan wis dadi jamak lumrah ing tanah Jawa kene, anggêre blanjane sasayahe, iya mêsthi bôngsa Eropah ...

Petruk: Kliru, Kang Garèng, kliru, para amtênar sing diwajibake ngulat-ulatake kiyi sing akèh malah priyayi Jawa. Kaya ta: sing jumênêng ajung insêpèktur, kontrolir, kuwi akèh priyane Jawa.

Garèng: Nèk mêngkono iya bêcik bangêt. Awit mungguhing wong Jawa sing kurang pangajaran kuwi sing akèh nèk ana pêpriksan, ing môngka sing rawuh mêmriksa: rêmbuwas bôngsa Walônda, kuwi bisa andadak ... ni-nini katisên, dhêr ... rodhog jaluk kêmul, kêmul. Seje yèn sing rawuh kuwi bangsane dhewe, sanadyan pangkate dhuwure sawit kalapa pisan, nang ati iya mak cês, adhêm.

Petruk: Kajaba saka iku, bisa uga kalakon, kang dikuwasakake dening adpisur supaya ngulat-ulatake mau: wong-wong partikulir utawa pakumpulaning wong bumi.

Garèng: Wèh, hla kiyi saya kapenak manèh, iya tumrap pakumpulan sing kudu diulat-ulatake, awit nèk wong partikêlir sing mriksa, ing sarèhning ora nômpa blônja saka nagara, têmtune iya gêdhe ngapurane. Dene tumrape wong sing kapatah nitipriksa ya luwih kapenak manèh, awit saka nagara sathithik-sathithik kiraku iya bisa olèh-olèhan, lan saka kumpulan sing dipriksa, anggêre gêlêm kêdhèp-kêdhèp bae, nèk-nèke iya bisa olèh ujuran.

--- 899 ---

Petruk: Lo, kok banjur ngandhut kamelikan mêngkono. Wong partikulir utawa kumpulaning wong bumi, sing dipatah nindakake mangkono mau, iya kudu dipilih kanthi têmênan. Kang kapisan, kudu wong sing pintêr, ngrêti nyang kopêrasi, sing migatèkake têmênan mênyang kabutuhane bangsane. Kajaba iku, wong mau iya kudu nyaguhi anyambut gawe bêbarêngan karo adpisur. Tuladhane nyambut gawe bêbarêngan kang kaya mangkono kuwi wis ditindakake ana ing Surabaya, yaiku anggone pakumpulan Indonesische-studieclub angulat-ulatake anane bang-bang kopêrasi ing kutha Surabaya. Tumêkane saiki ing kono wis ana bang kopêrasi cacahe 21, lan sabên dina isih tansah ngudi arêp ngêdêgake bang-bang anyar manèh. Dene wong-wong partikulir utawa pakumpulaning wong bumi sing dipatah ngulat-ulatake mau, ora diwaragadi dening kopêrasi, awit ing kono anindakake pagawean minôngka dadi wêwakiling nagara. Dene yèn kalane nyambut gawe mau kapêksa ngêtokake dhuwit, kuwi bakal dibayar saka dhuwit pitulunganing (subsidie) nagara.

Garèng: Wèh wis cêtha saikine aku. Dadi nèk ana pakumpulan kopêrasi, sing diêdêgake dening para sing wis pangajaran kuwi, ora kuwatir nyuwun rèhpêrsun sing wis kapacak ing sêtatsêblad 1927 nomêr 91, awit sing nitipriksa, kêna ditindakake dening komisi pilihane saka para wargane pakumpulane dhewe, dene sing bakal ngulat-ulatake kêna wong partikulir utawa pakumpulaning wong bumi, kaya sing wis kok kandhakake ing ngarêp. Hla, saiki, Truk, kapriye dalane amrih bisane olèh rèhpêrsun cara pribumi kuwi.

Petruk: Bab kiyi liya dina bae tak kandhani. Saiki padha dilèrèni samene bae dhisik.

Ajênging Kabudidayan

[Grafik]

Tumrapipun bôngsa Indhonesiah, satunggal kalih, malah bokmanawi ugi sampun kathah, ingkang akabudidayan agêng, nanging manawi dipun timbang kalihan cacahing jiwa ing Indhonesiah dèrèng nama timbang, nanging ugi sampun lumayan. Ing sisih punika gambar wujuding asil karèt ing Banjarmasin, asli saking kabudidayan tiyang siti.

--- 900 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Nêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Konprènsi pang-pang P.N.S. ing Jawi Wetan.

Pang-panging P.N.S. ing Jawi Wetan mêntas parêpatan, nampèni mosi: 1. Supados para guru ingkang angsal kursus dagang alit, têtanèn tuwin ulahraga, angsal tulah. 2. supados guru ingkang malêbêt kursus têtanèn ing Bogor angsal tulah, tuwin supados ngewahi tatananipun murih dados kamayaran, mosi wau lajêng kakintunakên dhatêng up bêstiripun ing Surakarta.

Kasangsaran ing sagantên.

Wontên tiyang 10 asli saking Cirêbon sami pados ulam ing sagantên, wontên ing têngah katêmpuh ing angin, baitanipun kèrêm. Lêlampahan wau pinanggih ing wanci dalu. Tujunipun sarêng wanci enjing têtiyang wau kasumêrêpan ing têtiyang saking kapal Klerk ingkang nuju langkung, têtiyang ingkang kasangsaran sami kenging dipun pitulungi, kabêkta dhatêng Tanjungpriuk. Sadaya lajêng badhe kakintunakên wangsul dhatêng Cirêbon.

Tamu agung ing tanah Jawi.

Kawartosakên, benjing tanggal 27 wulan Agustus ngajêng punika, Paduka Tuwan Sir Clementi gupêrnur ing Straits Settlements badhe angajawi, bidhalipun saking Singgapura nitih mêsin mabur K.N.I.L.M. prêlu mara tamu gupêrnur jendral ing ngriki kanthi opisil.

Rêdi mingsêr.

Rêdi Luwungdhatar dhistrik Banjaran katingal tansah mingsêr. Pangagêng dhistrik andhawuhi dhatêng têtiyang tigang dhusun supados sami pindhah panggenan, kintên-kintên wontên griya 76 ingkang kêdah kapindhah. Nanging têtiyang ing ngriku sami kawratan, jalaran sami badhe nilar pasitènipun. Ing bab punika pangagêng nagari ugi nyadhiyani pasitèn ing sanès panggenan. Wontên tiyang 21 ingkang kêkah botên purun pindhah. Dhusun ingkang dipun samarakên wau ing Batuguru, Luwungdhatar, tuwin Cilowa.

Tiyang sakit leprah nêmpuh tiyang.

Sawênèhipun tiyang èstri sakit leprah ing Yikit, Acèh, nêmpuh dhatêng brigadhê, lajêng dipun sanjata, pêjah. Tindak makatên wau botên liya namung jalaran saking panglalunipun ingkang sakit, pados margining pêjah.

Arta krêtas ical.

Pulisi marak-marakakên, wontên arta krêtas nyèwu rupiyah sadasa lêmbar ical, ciri M.M. 2474, M.M. 7353, M.S. 9966, M.S. 9158, M.S. 6025, M.S. 792, H.N. 1882 tuwin H.N. 4953.

Rêdi Krakatao.

Kawontênanipun rêdi Krakatao saya majêng, umbuling blêdhosanipun ngantos 800 mètêr. Ambalaning pambalêdhosipun tanpa wicalan. Ingkang muncrat katingal murub, inggilipun 400 mètêr. Blêdhosanipun ingkang kantun botên patos kathah, kakintên kawahipun sampun kêlêban toya.

Parêpatan umum ing pamulangan luhur pangadilan.

Ing tanggal 7 wulan punika sampun kalampahan kawontênakên parêpatan umum ing pamulangan luhur pangadilan, tumrap para guru, dipun jênêngi ing Paduka Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana, lid rad Indhia, pangagênging dhepartêmèn birgêr mistêr, tuwin sanès-sanèsipun. Pangarsa panjênênganipun Dr. Husèn Jayadiningrat mratelakakên ing bab ewah-ewahaning taun wulangan, ingkang rumiyin 4 taun dados 5 taun, tuwin mratelakakên wontênipun iksamênan sae. Ing wêkasanipun wulan Juni 1929 cacahing sêtudhèn wontên 159, pêpetanganipun bôngsa Tionghwa 20, bôngsa Eropah 42 tuwin pribumi 97. Cacahing iksamênan 140 ingkang pinanggih sae 77. Wontên 38 ing bagean kandhidhat iksamên kapisan, tuwin 25 bagean kaping kalih. Dhoktoral iksamên bagean kapisan wontên 8, bagean kaping kalih 6.

Dhoktêr wanita bôngsa Tionghwa.

Nonah Ong Kie Hiong lulus dados dhoktêr ing pamulangan luhur ing nagari Walandi saha sampun dumugi ing ngriki, nyambut damêl dhatêng gupêrmèn. Nonah punika kapetang dhoktêr wanita bôngsa Tionghwa, ingkang wontênipun ing Indhonesiah ngriki nomêr kalih. Dhoktêr wanita ingkang kapisan, Nonah Lily Lau ing Sukabumi.

Kabêsmèn agêng ing Makasar.

Ing kampung Sêgêri bawah Maros, wontên kêbêsmèn toko tuwin griya cacah 20. Kapitunan f 45.000.- ingkang f 27.000.- kalêbêt tanggêlan asuransi.

Iksamên notaris agêng.

Radèn Purwadi, ing Mistêr Kornèlês, lulus iksamên notaris agêng bagean kalih.

Angkatipun Mr. Kusuma Sumantri.

Karampungan têtêping bidhalipun Mr. Kusuma Sumantri dhatêng pambucalan dèrèng wontên, kintên-kintên badhe kasarêngakên kalihan bidhaling kapal ingkang ambêkta têtiyang dhatêng Dhigul.

--- 901 ---

Pamulangan luhur pangadilan.

Lulus kandhidhat iksamên bagean kapisan ing pamulangan luhur pangadilan, Radèn Santosa, Muhamad Rusri tuwin Radèn Subana.

Klèrêk salingkuh.

Ing Tanjungpriuk kasumêrêpan wontên klèrêk S.S. nama Sutisna gadhah tindak salingkuh sarana malsu sêtat ingkang kangge pêpetangan padamêlan sasampuning padamêlan siyang.

Sanadyan alit wontên wohipun.

Sawênèh dhusun ing bawah Têmanggung, wontên pakêmpalaning warga bôngsa tiyang tani dhusun, ingkang ancasipun badhe maragadi lare-lare anaking kulawarga ingkang badhe nglajêngakên sêkolah, nanging kêcupêtan wragad. Ing sapunika sampun sagêd mragadi lare satunggal ing Mosviba tuwin satunggal ing Meisjes Normaalschool ing Ngayogyakarta.

Iksamên ing nagari Walandi.

Tuwan Muhamad Jamil, lulus angsal sêsêbutan Arts saking pamulangan luhur ing Utrecht.

Ajak-ajakan.

Wontên pawartos, bilih golongan warga P.N.I. ing Sukabumi amarak-marakakên supados têtiyang sami ningali dhatêng papan papriksan benjing tanggal 11 wulan punika, inggih punika dintên pamriksanipun para panuntun P.N.I. wontên kantor landrad ing Bandhung. Punggawa S.S. kathah ingkang nayogyani.

Sima tutul.

Ing wêwêngkon Ngayogya kêrêp katingal wontên sima tutul, malah wontên ingkang kenging kacêpêng kaladosakên dhatêng kraton. Wontênipun makatên, kakintên bilih ing parêdèn kêkirangan têdha.

Asiah

Pakurmatan tumrap Vallabhai Patel.

Bombai 4 Juli (Aneta-Nipa). Têtiyang siti adamêl dhahar kêmbul, murih mêmungu panggalihanipun presidhèn All Indian Congres, ngatingalakên bilih tumindaking damêl lajêng, sanadyan dipun awisi parentah.

Tindakipun golongan lèr dhatêng parentah.

Syanghai 7 Juli (K.P.). Têlik-têlik golongan lèr sami ngêbonmingêbomi. karêtêg sêpur Syanghai - Nanking sacêlakipun Cangcao, ngantos adamêl kasèping lampahipun sêpur 5 jam.

Wadya Cang Wèni wontên ênêm brêgada, ing wanci dalu pêtêng andhêdhêt, nyobi nyabrang lèpèn Liyuho, nanging lajêng dipun papagakên dening golongan Siyuwan Cuwan nalika nuju wontên têngahing lèpèn. Wontên prajurit Kuwomincun 2000 sirna, 1000 katawan, sanjata ingkang kenging kabêskup 700, sanjata mêsin 5, mriyêm 3 tuwin pirantos pêrang sanès-sanèsipun.

Panêmpuhipun wadya parentah.

Syanghai 7 Juli (K.P.). Wadyabala parentah ing Lung Hairil We ingkang sisih têngên majêng saking Kaocèng, sisih kiwa majêng sêsarêngan kalihan sisih têngên golongan Ping Hanril We ing ngriku têmpuh kalihan wadya Wan Siu.

Ing Kaocèng, golonganipun Sih Yusan sangêt kasoran, wadya ingkang katawan 8000, sanjata ingkang kabêskup 9000 langkung, ing sapunika Kaipèng kakêpang.

Eropah

Pogokan jalaran balônja suda.

Bêrlin 2 Juli (Aneta-Nipa). Wontên kuli pamêlikan 50.000 sami mogok, jalaran balanjanipun dipun suda. Pogokan wau tumindak ing pintên-pintên pusêring panggaotan. Pakêmpalaning para kaum bêrah nyatakakên bilih poning pakêmpalan cêkap dipun angge mogok ngantos lami.

Korban bêrontakan.

Londhên 3 Juli (Aneta-Nipa). Ing Lagerhuis Inggris, atas pitakenanipun Ben, mratelakakên bilih wontênipun têtiyang Indhia ingkang kaukum jalaran ebah-ebahan wiwit tanggal 1 Marêt dumugi tanggal 31 Mèi gunggung wontên 30.302 sadaya taksih anglampahi paukuman.

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gêrah

Kala dintên Rêbo jam 5 sontên, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Guprênur Jendral tindak dhatêng griya sakit militèr, sarta têrus dipun upakara wontên ing ngriku, jalaran gêrah ginjêl sakêdhik. Tindak dalêm saking palis sarana nitih oto, nanging saking kori dhatêng kamar griya sakit, taksih sagêd tindak kemawon.

Salêbêtipun ingkang wicaksana gêrah, padamêlan dalêm dipun wakili dening Tuwan Welter.

--- 902 ---

Wêwaosan

Sintên ingkang Wajib Kantun

Harwey: Wicantên sajak kêsêsa: Iya wis, aku kêduga.

Smith: Sampeyan kadospundi.

Johnson: Manawi kula punapa kemawon kêdugi.

Smith: Wis rampung. Sesuk bae.

VI. Tandhing kasantosaning manah.

Tuwan Harwey lajêng namung kèndêl kemawon, nanging ing manah tansah anggagas, punapa ingkang badhe dipun tindakakên dening Tuwan Smith punika. Nanging sanadyan dipun gagasa kados punapa, mêksa botên sagêd manggihakên.

Enjingipun Tuwan Harwey tuwin Johnson sampun sami mapan linggih ajêng-ajêngan, ing batosipun sami kemawon anggadhahi pangajêng-ajêng tumuntêna sumêrêp dhatêng ingkang dipun kajêngakên Tuwan Smitih.

Ing wêkdal wau Tuwan Smith wangsul dhatêng baita, dene prêlunipun botên kacariyosakên dhatêng tuwan kêkalih wau. Nanging sanadyan matêna,makatêna, sadaya inggih sampun sami sumêrêp, kintên-kintên badhe mêndhêt pirantos ingkang kangge ngêbên kasantosaning manah.

Kintên-kintên antawis saêjam, Tuwan Smith sampun katingal wangsul numpak sêkoci, dipun iringi ing rencang tiyang cêmêng. Batosipun Tuwan Harwey: Apa aku iki arêp didu karo wong irêng kae. Hèh, ora gênah bangêt Smith iku, panêmune têka ana-ana bae, kang prêlune mung bakal gawe kurang sênênging pikirku. Kosokwangsulipun Tuwan Johnson, sarêng sumêrêp wontên tiyang cêpêngcêmêng. ngiring Tuwan Smith, malah anggagas: Yèn aku mung arêp didu karo wong irêng mangkono, rangkêpa têlu pisan, aku ora bakal gigrig.

Nanging gagasanipun tiyang kêkalih kados makatên wau inggih têtêp namung dados gagasan kemawon, nyatanipun dèrèng kantênan. Wusana sarêng Tuwan Smith mandhap saking sakoci, sumêrêp manawi tiyang cêpêng wau namung tiyang kuli lugu, andhapipun prêlu amanggul bêbêktan awarni pêthi agêng.

Sarêng Tuwan Johnson sumêrêp makatên wau ing dalêm manah bingah sangêt, awit ngintên tamtu badhe dipun bên abên karosan sarana angkat junjung, punika saya êmbahipun sapele. Batosipun, yèn prakara angkat junjung, mung anjunjung gunung kang durung tak lakoni.

Botên dangu Tuwan Smith dumugi panggenanipun tiyang kêkalih, lajêng akèn dhatêng rencang tiyang cêmêng sarana sasmita tuding, kapurih nyèlèhakên bêbêktanipun.

Barang ingkang kabêkta wau pêthi kajêng, kubênging pêthi katingal pating caromplong, nanging ing nglêbêt katingal pêtêng kemawon. Mirid tumandanging rencang, pêthi wau awrat.

Sasampunipun mapan, Tuwan Smith lajêng wicantên: Iki pêthi, mêsthine kowe durung wêruh isine Harwey. Sampeyan samantên ugi Tuwan Johnson. Coba Harwey injênên, isine apa.

Tuwan Harwey mara sampun kanthi kirang sakeca ing manah saha lajêng nginjên, dipun waspadakakên, sarêng sampun cêtha lajêng wicantên kamisosolên, têmbungipun: Anu, u - lèt.

Têmbungipun Tuwan Harwey ingkang kados makatên wau, Tuwan Johnson botên mangrêtos têgêsipun, nanging Tuwan Smith sampun mangrêtos. Tuwan Smith lajêng wicantên dhatêng Tuwan Johnson: Môngga sampeyan mriksanana gêntos.

Tuwan Johnson inggih lajêng nyêlak, anggènipun nginjên ngatos-atos, sarêng sampun cêtha panginjênipun, botên wicantên punapa-punapa, namung kirig-kirig kemawon, lajêng wangsul.

Tuwan Smith lajêng wicantên: Sapunika sampun sami sumêrêp, nanging sapunika kandhêga samantên rumiyin. sapunika prêlu sênêng-sênêng, benjing-enjing kula cariyosi mênggahing kajêng kula.

Ing dalunipun tiyang têtiga sêsarêngan nêdha eca. Tiyang cêmêng rencangipun Tuwan Smith kapurih anjogèd kados caranipun piyambak, tiyang têtiga sami angêploki rame. Ngantos têngah dalu sawêg bibaran.

Enjingipun, tiyang têtiga sampun sami lêlinggihan malih, Tuwan Smith lajêng miwiti wicantên: Sapunika kula badhe nglairakên kajêng kula, sampeyan - utawa kowe Harwey - tamtunipun sampun priksa manawi pêthi punika isinipun sawêr. Mênggah kajêng kula makatên: sawêr punibapunika. badhe kula culakên wontên ing ngarsa sampeyan cakêt, gêntosan, ing mangke pundi ingkang anjênggirat, agêngipun anjêlih, inggih punika ingkang kawon. Môngga sapunika sintên ingkang kula culi rumiyin. (Badhe kasambêtan)

--- [903] ---

Ôngka 57, 18 Sapar, Taun Jimawal 1861, 16 Juli 1930, Taun V.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50. Bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Balapan Baita

[Grafik]

Limrahipun nagari Walandi punika dipun wastani nagari toya, pasitènipun katrajang ing lèpèn pating sarèwèh. Mila ing bab lêlangên inggih kathah ingkang pinanggih ing toya. Ing nginggil punika gambar balapan baita ing lèpèn Rijn.

--- 904 ---

Bab Ringgit

Sang Hyang Yamadipati

Sang Hyang Yamadipati punika putranipun Sang Hyang Ismaya, inggih Sêmar. Sang Hyang Yama sinêbut dewaning pati. Mila sinêbut dewaning pati, awit Sang Hyang Yama sinampiran panguwaos anjabut nyawaning manungsa, mila sintên ingkang karawuhan Hyang Yama, dados pratôndha bilih badhe dumugi ing janji. Lan Hyang Yama punika ugi sinêbut dewa ingkang nyêpêng soroging kaswargan, dados ugi wênang nyumêrêpi kawontênaning swarga naraka.

[Grafik]

Sang Hyang Yamadipati.

Sanadyan Hyang Yama punika kuwaos kados makatên, nanging ugi wontên kalamangsanipun kawêkèn ing lampah, inggih punika nalika dipun utus ing Hyang Jagadnata kadhawuhan nyêndhal mayang Prabu Pandhudewanata. Amargi tansah dipun tênggani ing Bagawan Abiyasa, awit sabên nyêlak, tansah kasumêrêpan, wêkasan cabar ing damêl.

Nanging wantuning kinawasa, Hyang Yama tansah pados rekadaya murih kalêksanan sêdyanipun. Hyang Yama lajêng mulung garwanipun Prabu Pandhu ingkang nama Dèwi Madrim. Ing ngriku kalimpe, Prabu Pandhu lajêng kenging dipun sêndhal mayang. Dados tindakipun Hyang Yama punika, sanadyan dewa kinawasa, ewadene kasoran prabawa kalihan ambêging pandhita linangkung, tandhanipun inggih anggènipun mèh cabar ing damêl dening wontênipun Bagawan Abiyasa.

Sang Hyang Yamadipati krama angsal Dèwi Mumpuni. Tumrapipun wontên ing padhalangan, Dèwi Mumpuni punipunika. dados jêjêr lêlampahan, namanipun inggih lampahan Mumpuni, ingkang gêgayutan kalihan Hyang Yamadipati. Dene lêlampahanipun ing bab anggèning Dèwi Mumpuni cidra ing kakung wanuh kalihan Bathara Nagatatmala, limrahipun sinêbut Bambang Nagatatmala.

Mênggah cêkakaning cariyos, nuju satunggiling dintên Hyang Yama priksa ingkang garwa pêpanggihan kalihan tiyang bagus ing warni, inggih punika Bathara Nagatatmala. Hyang Yama sangêt duka, lajêng dados pêrang

--- 905 ---

sakalangkung rame, nanging Hyang Yama kasoran. Ing ngriku Hyang Yama saya sangêt pamuring-muringipun, lajêng dipun biyantu ing para dewa, nanging mêksa sami kasoran. Wusana kauningan ing Hyang Endra, saha sarêng dipun taliti, Bathara Nagatatmala punika putranipun Sang Hyang Anantaboga, ingkang dèrèng kauningan ing Hyang Endra. Wusana andadosakên duka.

Sarêng Hyang Yama têrang dhatêng aluranipun Bathara Nagatatmala, saya sangêt anggènipun botên narimah, dados anumpangi dukanipun Hyang Endra, wusana kalampahan Hyang Anantaboga dipun lêbêtakên ing Yumani, kalêpatan anggènipun ngumpêtakên putra.

Nanging bab makatên punika botên pisan-pisan damêl marêmipun Hyang Yama, awit botên angêndhakakên lêlampahanipun Dèwi Mumpuni.

Hyang Yama lajêng gadhah tindak cidra, amanggihi Hyang Anantaboga dhatêng Yumani, awit mênggah Hyang Yama winênangakên kemawon mariksa kawontênanipun ing Yumani. Dene dhatêngipun wau ngakên dipun utus ing Hyang Endra, angêmban dhawuh, bilih Sang Hyang Anantaboga sagêd nyêpêng Bathara Nagatatmala, badhe kaparingan pangapura.

Hyang Anantaboga botên kasamaran, bilih tindakipun Hyang Yama wau namung tuwuh saking kaparêngipun piyambak, mila lajêng mangsuli têmbung kerasan, angrumaosi manawi dipun ayomi.

Panampinipun Hyang Yama rumaos manawi dipun sanggêmi, Hyang Anantaboga lajêng dipun luwari, nanging wusananipun malah lajêng dhawuh dhatêng Bathara Nagatatmala supados sumingkir, Dèwi Mumpuni kabêkta. Hyang Anantaboga lajêng wangsul dhatêng kahyanganipun ing Saptapêrtala.

Kados punapa cuwaning panggalihipun Hyang Yama, tindakipun wau malah saya adamêl kalêpatan. Ing wusana Hyang Yama angsal pamarêm, krama malih angsal rayinipun Dèwi Mumpuni, nama Dèwi Komini.

Wontênipun ing padhalangan, nama Dèwi Mumpuni punika botên atut kalihan Hyang Yama, awit Hyang Yama punika sangêt kuciwa ing warni. Sanadyan Hyang Yama tansah ngudi lumunturing sihipun garwa, mêksa tanpa damêl, wusana lajêng dipun alap Bathara Nagatatmala punika.

Jagading Wanita

Pathi Garut

Krècèk pathi garut.

Pathi garut punika kajawi kangge dhaharan kados ingkang sampun kalimrah, ugi kenging kangge lawuh saha kenging karimat lami, inggih punika dipun krècèk. Mênggah rekanipun andamêl makatên:

Sasampunipun pathi wau dipun jênang sawatawis akas, lajêng kaledre-ledre ing godhong pisang ingkang ngantos waradin sarta tipis sangêt, tanganipun ingkang ngledre sakêdhap-sakêdhap dipun têlêsi mawi cêthithèt (blêng) supados sampun kêlèt kalihan [kali...]

--- 906 ---

[...han] jênang, sarta dadosipun krècèk sagêd asin. Sarampungipun pangledre lajêng kaêpe, ananging botên prêlu garing-garing, cêkap namung malêm kemawon, supados gampil pangrajangipun. Nalika badhe karajang kêdah kaklèthèk dipun pisah kalihan godhongipun. Sadadosing rajangan sampun kenging kaêpe ngantos sagaringipun.

Kolêmbèng pathi garut.

Kajawi ingkang sampun kula aturakên kasêbut ing nginggil wau, pathi garut punika ugi kenging kangge dhaharan adèn, ingkang sasumêrêp kula para sadhèrèk tani dèrèng patosa wontên ingkang sami ngolah kangge têtêdhan piyambak utawi kasade, mênggah rekanipun andamêl (ngolah) kolêmbèng punika makatên:

Amundhuta tigan 1 jênenipun kapisah lan pêthakipun, lajêng sami kaublêg piyambak-piyambak, ngantos sami mêmêt, sasampunipun mêmêt jênenipun wau lajêng kadekekan pathi garut 1 sendhok nêdha, gêndhis pasir 1 sendho nêdha, wasana lajêng kaublêg malih ambal-ambalan ngantos ajèr, yèn sampun ajèr tigan pêthak wau lajêng kacampurakên. Sarampungipun lajêng dipun pan tumrap ingkang botên gadhah pirantos sagêd damêl piyambak inggih punika: kuwali dipun isèni awu kalihan pasir watawis sapalih lajêng dipun obori ngantos pasir lan awu wau bêntèr sangêt, lajêng katutupan ing gêmbrèng ingkang dhapur nguwung sarta dipun isèni mawa arêng. Dene jer-jeran wau sasampunipun kawadhahan ing cêthikan lajêng kalêbêtakên ing kuwali, katumpangakên ing pasir wau sarta katutupan ing gêmbrèng isi mawa wau, makatên salajêngipun. Anggènipun ngisèni jer-jeran wau sampun ngantos kêbak-kêbak kaangkaha namung sapalih langkung sakêdhik, supados bilih umob, botên ambaludag. Sarta ing dhasaring cithakan kêdah kausar-usaran lisah klêntik, supados botên kêlèt.

Wondene manawi andamêl badhe kasade, limrahipun dipun kathahi pathinipun, dados upami tigan ayam 10 iji, pathinipun 15 sendhok nêdha, gêndhisipun 10 sendhok nêdha. Sadaya wau upami wragadipun têlas 55 sèn, manut cithakan ingkang panjang 8 cm wiyar 3 cm kandêl 1 cm. Dados 40 iji, rêgi 2½ sèn = f 1.-. bêbathènipun 45 sèn.

Sawênèhipun sadhèrèk padhusunan ugi wontên ingkang gadhah reka damêl pathi garut wau, nanging botên kadamêl têtêdhan piyambak, inggih punika kasade dhatêng bôngsa Tionghwa, sabên sakati ± 20 sèn. Dene para sadhèrèk ingkang sami ambêtahakên pathi garut wau ingkang kathah namung tumbas dhatêng toko Tionghwa ing dalêm sakatosipun 25 sèn, utawi 30 sèn. Samantên wau pathinipun tarkadhang sampun botên murni, asring kacampuran pathi sanèsipun. Mila saking pamanggih kula miturut piguna-piguna kasbut ing nginggil, prayogi para sadhèrèk ing padhusunan sami migunakakên tanêman garut, kangge pados nipkah ingkang dhumawah ing badan piyambak, sarana kasade jênang, têtêdhan, krècèk, sapanunggilanipun. Dados botên namung dipun sade glondoran utawi pathi kemawon, sarta ingkang langkung prêlu katindakakên anggêgêsang sarta angathahakên tanêman garut ing

--- 907 ---

pakawisanipun ingkang sampun botên ngêdalakên kalis saking pamêdal sanès-sanèsipun.

Namung punika sêsêrêpan kula bab garut, wasana nyumanggakakên para maos sadaya, saha nyuwun gunging samodra pangaksama, amargi namung pamanggih sapele.

Sutata - Sastrawandawa.

Wanasagara - Juwangi - Surakarta.

Panggulawênthah

Bab Kawontênaning Piwulang

Sadanguning tinitah gêsang wontên ing ngalam donya, wiwit procot saking guwa garbaning biyung, ngantos dumugining puput yuswa, tiyang punika tansah pikantuk tuntunan, saha nampèni piwulang warni-warni saking tiyang sêpuh, juru panggulawênthah, guru, tuwin sadaya pasrawunganipun.

Sakathahing piwulang ingkang mijil saking tiyang sêpuh, nomêr kalihipun guru, punika ingkang kathah namung bôngsa piwulang sae. Ewa samantên ingatasing manungsa, ing têmbenipun botên mêsthi lajêng sagêd dados sae sadaya, liripun mêsthi wontên salah satunggiling tindak ingkang marojol saking têtalêring piwulang sae wau. Ingkang makatên punika botên nama anèh, jalaran wontên sabab warni-warni.

Kados ta: jêjêring piwulang ingkang katanjakakên cêtha namung bôngsa ingkang sae, inggih punika kalakuan sinuprih sae, patrap pratikêl sae, pambêkan tuwin wêwatakan sae, môngka têmbenipun mêksa dados sagêd thukul awon. Ingkang makatên punika kathah-kathahipun tuwuh saking pasrawungan sanèsipun wau. Pramila wontên kosokwangsulipun: sanajan kalakuan awon punika tanpa piwulang dening tiyang sêpuh utawi guru, ewadene sagêd tuwuh akanthi gampil tur subur wontênipun ing tiyang, saking pandamêlipun piyambak.

Mila yèn katitik saking punika, mênggahing pamanggih lajêng sagêd anglêrêsakên wontênipun ungêl-ungêlan: sakèhing tindak ala iku tansah dibiyantu dening Hyang Ijajil, dene sakèhing laku kang bêcik tansah dialang-alangi. Saking akèhing godhane (sambekalane) tumrap wong kang ngambah dêdalaning kabêcikan, nganti nuwuhake pamurina yèn kalakuan bêcik iku abot sanggane, angèl cak-cakane. Kosok-baline: luwih gampang bangêt wong nindakake piala.

Pramila manawi dipun talusur saking ngriku, nama nugraha sangêt manawi tiyang nindakakên sawarnining kalakuan sae ingkang tanpa sambekala, liripun ingkang sagêd lastantun tanpa godha rêncana ing salajêngipun.

Amargi saking punika, wiwit rumiyin mila para lêluhur lajêng kagungan pamanggih bilih piwulang punika ingkang wajib dipun kathahi namung piwulang ingkang sae. Dene piwulang awon, ingkang wosipun sagêd nuwuhakên patrap pratikêl, wêwatakan, pambêkan [pambê...]

--- 908 ---

[...kan] utawi kalakuan ingkang kirang prayogi, botên prêlu karêmbag malih, awit para lêluhur wau sami gadhah pangeman dhatêng têdhak turunipun sagêda dados sae sadaya. Titikanipun gampil sangêt, inggih punika saking buku-buku têtilaranipun kina, ingatasipun bab piwulang, wontênipun ing ngriku katawis kathah ingkang mêngku piwulang sae. Dene piwulang-piwulang ingkang dumunung ing buku-buku wau, saya lami malah saya sampurna, awit saking pambudinipun para sarjana, pundi ingkang kagalih taksih kirang prayogi dipun tata malih, ngantos katawis mathuk (mêmpan) dhatêng êmpan papanipun.

Amangsuli ing bab kalakuan awon punika sanajana tanpa dipun gêgulang, nanging mêksa sagêd thukul kanthi subur, saking dayanipun pasrawungan utawi pandamêlipun piyambak. Punika kenging kaupamèkakên kadosdene kêmladhehan ingkang tuwuh wontên ing kêkajêngan. Katranganipun makatên: upami tiyang ananêm, wiwit wujud wiji kapêndhêm thukul, dipun sirami supados enggala agêng, kadhangir sagêda tuwuhipun sae, punapadene dipun lêmèni amrih ing têmbe kenging kaalap wohipun ingkang miraos. Ananging dèrèng ngantos dumugi môngsa, witipun dadak lajêng kapencokan kêmladhehan, inggih punika saking dayaning pêksi utawi sanèsipun. Kêmladhehan wau manawi botên dipun rêsiki, tartamtu adamêl risaking uwit, saya lami saya ngrêbda, dangu-dangu botên katingal tanêmanipun, nanging namung katingal ngrêmbuyunging kêmladhehan, mila inggih adamêl kapitunaning juru nanêm, awit botên kenging kaalap asilipun. Saha malih kêmladhehan wau sagêd mêncar nular-nulari ing wit sanès-sanèsipun.

Dados kawontênan ingkang kados makatên punika minôngka isbatipun manungsa. Sanajana winêlêg ing piwulang sae, ananging manawi sêsrawunganipun sabên dintên tansah namung kalihan tiyang ingkang awon kalakuanipun, amêsthi sagêd ugi katularan, langkung-langkung tumraping lare ingkang dèrèng jangkêp nalaripun, tumularipun sarana gampil, inggih kados tuwuhing kêmladhehan ing wit-witan wau, punika tuwuhipun tanpa dipun kajêngakên dening manungsa, saha tanpa dipun lêmèni, ewadene sagêd andadra tuwuhipun, tarkadhang sagêd adamêl pêjahing wit, awit dayanipun angawonakên dhatêng ingkang pinencokan, mila ngantos ngawontênakên paribasan: kêmladhehan ngajak sêmpal, punika prêdikanipun sami kemasonkemawon. kalihan kadadosan ingkang winahya nginggil.

Pramila ingkang makatên wau, dados tiyang sêpuh pancènipun inggih botên kenging weya sêmbrana, prêlu kêdah prayitna, anggènipun amrênahakên anak, utawi têtanggêlan ingkang dipun wajibi, samantên ugi juru panggulawênthah dhatêng momonganipun. Cêkaking cariyos: sintên ingkang kêpengin ngalap wowohan ingkang miraos, inggih kêdah sagêd angrukti tanêmanipun, sampun ngantos kasoran dening dayaning kêmladhehan.

Nyuwun pangapuntên: Nirrasa, Tumpang - Malang.

--- 909 ---

Raos Jawi

Pêpandhinganing Kawruh

Tumrap bôngsa punapa kemawon ingkang nama sampun jangkêp kêdunungan kasusilan, pêperanganing kawruhipun tamtu sampun anggadhahi wêwaton piyambak-piyambak, inggih ing bab punapa kemawon tamtu sami wontênipun, awit sadaya sami dados praboting gêsang utawi kabêtahakên, malah dumugi pantoging kasampurnan pisan ugi sami anggadhahi. Tur kajêngipun inggih botên beda.

Nanging sanadyan kabêtahanipun sami, upaminipun kriya sami kriya, tur inggih sami sagêd damêl griya, nanging wangun tuwin prabotipun inggih beda, bedaning wangun tuwin prabotipun wau tamtunipun inggih mêngku kajêng kalihan cocoging raos lair batosipun, kabêkta jalaran saking sabab pakulinan tuwin kawontênaning hawanipun. Upaminipun bôngsa Eropah, manawi ningali griyanipun tiyang Jawi, lajêng sagêd amastani griya pêtêng, rintên dalu tanpa angsal sawangan, saupami bôngsa Eropah kapurih manggèn ing ngriku, sakêdhap kemawon inggih lajêng dados kirang sakeca. Kosokwangsulipun bôngsa Jawi, manawi kapurih manggèn wontên ing griya gêdhong, lajêng sambat sulap, inggih lajêng andadosakên kirang sakeca. Môngka mênggahing sajatosipun namung kabêkta saking pakulinan, dados saupami tiyang Jawi lajêng manggèn ing griya gêdhong, inggih lajêng kulina dados gêsanging tiyang gêdhongan. Makatên mênggah salajêngipun.

[Grafik]

Ucaping bôngsa ngamônca: omah kok sumpêk.

Mirid kawontênan ingkang kados makatên punika, saupami ngawontênakên wancah-wancahan, sampun tamtu satunggal-satunggalipun botên kirang pamancah, sampun malih ingkang nama sanès bôngsa, saya botêna gampil amancahi, sawêg ingkang tunggil bôngsa kemawon, manawi sampun kêdunungan pakulinan sanès, ugi sagêd amancahi dhatêng bangsanipun piyambak, ngantos kasupèn bilih tuwuhing pamancahipun wau, lugunipun sampun kêdhêdhêran wiji sanès. Nanging ingkang makatên wau punapa lêpat. Botên. Awit pamancah wau nama satunggiling panggosok, dening kabêkta saking sami sêsrawungan kalihan ingkang botên nunggil bôngsa,

--- 910 ---

lan malih prêlu badhe mujudakên murnining kawontênan, inggih bab punapa kemawon, murih sagêd sakeca dipun ênggèni utawi dipun lampahi.

Nanging mênggahing pamancah, punika sakecanipun ngungkuli mamah gudir, ingkang pancèn namung cêkap dipun amati, têgêsipun saking gampilipun, sok ngantos kalepyan manawi dhêdhasaring kawruhipun pancèn sampun beda, inggih kabêkta saking bedaning bôngsa wau.

[Grafik]

Ucaping tiyang Jawi: omah kok cêbilak.

Sampun malih ingkang nama mawi pathokan dhêdhasar kawruh, sawêg têdha kemawon ingkang nama gampil-gampilan, bôngsa tuwan-tuwan manawi kêpêthuk ulam têrik: anggabêr. Tiyang Jawi mamah krokèt: gulunipun mingkub, saking sami botên kulina, utawi sanès têdhanipun. Nanging manawi sampun kulina, ingkang botên karsa ulam têrik, malah dhawuh: santêne sing kênthêl. Makatên ugi pun gulu ngingkupi kukrokèt, inggih malah mênga las-lês, pun krokèt tanpa kulanuwun.

Dados pêpiridanipun sampun cêtha, pancèn pilah, ewadene ugi sagêd nunggil manamimanawi. kawon salah satunggal. Nanging mênggahing kajêng botên makatên, awit sampun sami ngênggèni, dados inggih kêdah dipun pêndhêt têngahipun. Punika ingkang sajatosipun angèl.

Sarêng tuwuh wontên tindak badhe pados têngah wau, ugi lajêng nuwuhakên ucap-ucapan: kawruh, kagunan, tuwin punapa-punapanipun mundur, sawênèh sampun thele-thele, malah sampun wontên ingkang sêg babarpisan, mila lajêng wontên têtêmbungan anggêgêsang.

Manawi dipun manah panjang, kados ingkang nama mundur, thele-thele tuwin pêjah wau botên wontên, nanging namung jalaran êmpanipun botên angsal papan. Ewadene ugi kenging dipun wastani makatên, dados sanadyan pêjah pisan, nanging-nama sampun keblat. Sanadyan makatêna, inggih dèrèng srêg, tandhanipun sadaya sadaya wau, mênggah caranipun wiji, manawi kasiram sagêd gampil thukulipun. Kados para maos botên kêkilapan dhatêng kawontênanipun para têtiyang, ingkang lajêng sagêd nindakakên kagunan warni-warni, ingkang kakintên sampun botên sagêd nindakakên.

Cêkakipun bab kawruh sapanunggilanipun punika tumindakipun kanthi êmpan papan, cara kina beda kalihan sapunika, dene tumrap ingkang anggayut sanès bôngsa tansah ngawontênakên pêpandhingan, nanging dhasaripun ajêg sami, têgêsipun sami dados bêtahing ngagêsang.

Jugul.

--- 911 ---

Waosan Lare

Kêtliwêng Barêng

VII. Nênun pangagêman iyasan.

[Sinom]

sang prabu sangsaya duka / sêmune nganti katitik / kabèh nuli padha piyak / awit saka padha wêdi / sang prabu anudingi / karo angandika sêru / lo dene banjur lunga / kuwi lo bênakna dhisik / ana siji sing isih sumèlèh lêmah //

ana sing tumuli nyêmbah / karo matur nuwun inggih / tandange ketok acikat / kaya tênan anandangi / anjupuk barang kèri / patrape kaya anumpuk / Dani sumambung kôndha / rak gih pun lêmpit rumiyin / sampun lajêng pun klumbrukakên sakeca //

tumuli iya dicandhak / sajak kaya uwong nglêmpit / sauwise rampung nyêmbah / sang nata nuli nyêlaki / gon tênunan sing dadi / tumuli alon andangu / he bocah ingsun anyar / coba pratelakna iki / bakal êndi sing pantês diagêm nata //

Dani nuli mara nyêdhak / kaya bêkêl karo driji / tangane nuli andhaplang / kaya ambèbèrke jarit / lan matur sarèh lirih / punika sayêktosipun / pantês sangêt kagêma / nanging kuciwa sakêdhik / corakipun ragi kêlêm kirang mubyar //

sang prabu sajak angasta / karo mênyêt-mênyêt driji / wusana alon ngandika / yèn sutrane uwis apik / cacade iya kuwi / bênêr ing kandhamu mau / apa sira kaduga / anênun kang luwih bêcik / yèn kaduga sira tumuli munjuka //

Dani mênêng lan anggagas / ing wusana nyêluk nuli / nyang Danu kowe renea / nênunmu lèrènna dhisik / Danu ya mara nuli / Dani nglantarake dhawuh / iki dhawuh dadakan / apa ya bisa nglakoni / nênun sutra kang pantês diagêm nata //

Danu mangsuli kapenak / la kuwi sing uwis dadi / rak ya padha brêgas-brêgas / apa isih nguciwani / banjur anyêntak Dani / o, la, wong ya kowe Danu / durung bisa angira / nyang agêm-agêman adi / pantêsmu mung bisa nênun wanabadra //

bênêr sakabèhing sutra / sing wis ana kene iki / kotandhinga sutra liya / ora ana sing madhani / ananging ing saiki / saka dhawuhe sang prabu / mundhut kang luwih brêgas / cêkake sing luwih adi / apa kowe kaduga anganakêna //

Danu nyandhak ing sasmita / nuli amangsuli lirih / mêsthine iya kaduga / lan mêsthi ya luwih bêcik / ananging ing saiki / waragade kudu mumbruk / awit jênêng iyasan / panggarapku ora main / lan mêsthine kudu nganggo nglêmbur barang //

sang prabu banjur ngandika / yèn sira kaduga ya wis / sira nuli nandangana / aja nganggo mikar-mikir / prakara wragad kuwi / sira mung mêruhi wujud / dene yèn sira garap / nganti nglêmbur wayah bêngi / sun paringi papan kang luwih prayoga //

nanging sira sumurupa / garapên kang bangêt titi / rong dina uwis rampunga / awit arêp sun anyari / yèn nyata [nya...]

--- 912 ---

[...ta] bisa dadi / gêdhe gêganjaran ingsun / wong loro barêng nyêmbah / wose padha nyandikani / nuli padha barêngan tômpa ganjaran //

lan iya tômpa waragad / dhuwit akèh putih-putih / ana sing arupa êmas / kabèh uwis ditampani / sang prabu kondur nuli / kono kari Dani Danu / anacahke ganjaran / lan waragad dadi siji / diklumpukke nganti mèh ana sagrobag //

nuli padha rêrikatan / ngulihake bôndha dhisik / têkan ngomah bungah-bungah / mangan enak nyandhang bêcik / mung pistan rina wêngi / kabèh sing rasane mak nyus / nyang ilat nganti krasa / mêmês kaya diulèni / para sanak têkane kaya diundang //

apa manèh para tôngga / têkane barêng gêmridig / gênti gêntèn takon warta / slamête Danu lan Dani / Dani kêsêl mangsuli / ing wusana rada nêsu / lumrah yèn ana gula / sêmute ngrubung marani / coba mlarat môngsa anaa sing nyaba //

nanging ya mung kandhêg kôndha / Danu nuli anguwèhi / êmas picis rajabrana / sakabèhe diratani / wusana banjur bali / wong loro banjur malêbu / nuli olèh panggonan / bangêt apik ketok wingit / kanggo nênun agêm nata sing iyasan //

wisa rampung tata-tata / gone nênun nuli wiwit / suwarane pating glodhag / nganggo dijaga prajurit / wong nyêdhak dilarangi / barêng bêngi nuli sambung / diyan bangêt apadhang / nganti ora kaya bêngi / ketok bangêt panggarape yèn gêlakan //

nganti têkane rong dina / mung sêngkutan jêglag-jêglig / ngono lakune wong bisa / nadyan têmêne ngapusi / nanging gêlare wani / nyarêngkasa wani nêmpuh / dadi wong sing kapusan / ngandêle saya nêrusi / dikapakna yèn wis kalap arêp apa //

barêng wis têkan sêmaya / sang prabu rawuh mriksani / nuli andangu lan bingah / kapriye apa wis dadi / tumuli matur Dani / kawula nuwun sinuhun / inggih sampun mèh nigas / kados benjing-enjing enjing / tamtu rampung kantun amucung sakeca //

Madusita

Ha. Arum jamban gandane angambar-ambar, yèku janma kang karêm gunggung sarira.

Na. Nênangia ênênging panalangsanta. Iku môngka pamberating tyas duhkita.

Ca. Ciptanira panthêngên ingkang santosa. Dimèn antuk kamurahaning Hyang Suksma.

Ra. Rasa enak ywa katungkul ngenak-enak. Ngèlingana ing wuri bakal tan enak.

Ka. AbêcikanKabêcikan. padha lan gunung anakan. Marmanira akèh wong tan têlarkêlar. ngangkat.

Da. Dandanana andêl kumandêling driya. Yèn wus kandêl rosa ing sasêdyanira.

Ta. Tanpa srana lumuh asor anoraga. Pan wus nyata tan jinurung sêdyanira.

Sa. Sabar drana eklasna sukcining driya. Dimèn mancur tyasira padhang prastawa.

Wa. Wong nèng praja aywa pêgat tatakrama. Aja pêgat siyang ratri atêtanya.

La. Lali jiwa ilang ingkang pinilala. Tan prayoga dadi wisaning angganya.

--- 913 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Kopêrasi

(Sambêtipun Kajawèn nomêr 45)

Petruk: Rungokna Kang Garèng: saiki tak caritani cara-carane pakumpulan lan kopêrasi anggone nyuwun rèhpêrsun cara pribumi, kang wis kasêbut ana ing sêtatsêblad 1927 nomêr 91. Layang pratôndha adêging pakumpulan (oprichtingsacte) kudu digawe rong iji, kang banjur dicaosake marang adpisur Volkscedietwezen lan kopêrasi ing Wèltêprèdhên. Loro-lorone kudu digawe ana ing sègêl sing ngaro têngah rupiyah.

Garèng: Wèh, durung-durung bae wis mak tlètèk kudu ambuwang dhuwit 2 x f 1.50 aliyas f 3.- kuwi nèk cara wayange rak lagi talu, kathik wis dithèthèli ...

Petruk: Lo, lo, mêngko dhisik, aja guru-guru maido, wong wis dadi pranataning nagara, sing sapa duwe panuwunan mênyang bêbadaning nagara kuwi kudu disaranani nganggo sègêl rêga f 1.50 sing sapa ngaturake layang panuwunan panganggo sègêl f 1.50 kang wajib kêna nyimpên layang mau ana ing kranjang uwuh.

[Grafik]

Garèng: Dadi karêpe: layang panuwunan sing ora disègêli f 1.50 kuwi, kang wajib diwênangake, ora ngêmungake ora susah mangsuli, nanging uga diwênangake: ngêpringake layang mau. Dene nèk layang mau disègêli f 1.50 nèk kang wajib wêgah amangsuli, iya kêna bae. Tandhane aku kiyi kalane isih dadi wong nganggur, ngaturake rêkès nyuwun pagawean ana ing sawijining kantor guprêmèn. Rêkèsku mau iya nganggo sègêl f 1.50 tur le nglakokake iya an-gêtèkên, ewadene wangsulane: asêpa asêpi.

Petruk: Sok ana layang panuwunan, sanadyan wis disègêli f 1.50, ora diwangsuli, kuwi kowe iya ora kêna maido, awit pagaweane panggêdhe ing kantor sing gêdhe-gêdhe kuwi akèh bangêt, ora ngêmungake mung maos lan mangsuli layang-layang panuwunan bae. Bisa uga wis dhawuh mangsuli, nanging banjur katriwal, utawa jalaran sabab-sabab liyane. Mulane, besuk manèh yèn kowe ngaturake layang panuwunan kang disègêli [di...]

--- 914 ---

[...sègêli] f 1.50 kèri-kèri ora diwangsul-wangsuli, bêcike banjur kok susuli layang bae, kanthi nyêbutake rêkèsmu sing wus kok aturake dhisik.

Garèng: Wayah, kok gêlêm têmên repot. Wis, wis, Truk, aku saiki tak takon nyang kowe: mungguh layang pratôndha adêging pakumpulan mau, panggawene apa iya kudu nganggo basa Walônda. Turne, sathithik-thithik aku ya bisa cara Lônda, upamane nèk ajak-ajak mêngkene: ayo, ditraktir, sèh.

Petruk: Ana bisane mung muni: traktir (jajakake) lan sèh bae, kathik ngakune sathithik-thithik bisa cara Lônda. Tumraping rèhpêrsun cara pribumi, layang pratôndha adêging pakumpulan mau kêna ditulis nganggo basa Mlayu, utawa basa wong pribumi liya-liyane, upamane basa Jawa, Sundha, Madura lan sapadhane.

Garèng: Nèk nganggo basane dhewe kêna, hla iya kêpenuk bangêtane. Saiki layang pratôndha adêging pakumpulan kuwi isine kudu kêpriye.

Petruk: Isine iya rancangane pranataning pakumpulan kang baku, kanthi dibukani tulisan kang unine mangkene:

Ingkang nôndha tangani ing ngandhap punika:

Ha. Alitipun nama: ... (iki diisèni jênêngane lagi cilike, apa: Sêntul, apa: Kênyut)

Padamêlan ... (diisèni, pagaweane: apa klèrêk, apa: pokrul bambu, apa kêpriye)

Na. Alitipun nama: ...

Padamêlan ...

Ca. Alitipun nama ...

Padamêlan ...

Sadaya sami gêgriya ing ... (diisèni manggon ana ing desa ngêndi, dhistrik ngêndi, lan sapiturute) gadhah niyat sami badhe ngêdêgakên pakêmpalan kopêrasi pribumi. Dene pranatanipun ingkang baku, kados ingkang kasbut punika: ... (pranatane banjur dipacak ana ing kono).

Katêtêpakên dening para ingkang sami ngadani kasbut nginggil, ing ... (diisèni papan padunungane) tanggal ... 19 ...

Ngisore kiyi banjur kudu ditôndha tangani para sing padha ngêdêgake pakumpulan mau.

Garèng: Wah, Truk, ing môngka nèk ana ada-ada arêp gawe pakumpulan kaya ngono kuwi, sing ngêdêgake mau ora mung wong siji, loro tumêkane têlu bae, nanging nganti sêpuluh utawa luwih. Apa iya kudu nôndha tangani ana ing ngisore layang tôndha adêging pakumpulan kuwi kabèh. Mêngko wujuding layang rak sida pating clakèr têmênan. Awit wataking wong kuwi beda-beda, ana sing prasaja, kiyi nèk nôndha tangani iya barès, mung: srithit, ngono bae, ana sing bêsus bangêt, nèk nôndha tangani nganggo pating clêkunthêng barang, upama wonga wadon mono, ya sing sok nata athi-athi utawa sinome kae. Ana manèh sing yèn arêp nôndha tangani, nganggo ancang-ancang dhisik, nanging tibaning ngênggon, jêbul: clêkuthik, mung cap dumuk bae.

--- 915 ---

Petruk: Iya ora prêlu, yèn jênêngane para sing ngêdêgake pakumpulan mau padha disêbutake ana ing kono kabèh. Mangkono uga iya ora prêlu, yèn kabèh mau padha nôndha tangani layang tôndha adêging pakumpulan. Wis cukup, yèn layang mau ditôndha tangani wong têlu, nanging iya kudu milih wong-wong kang bisa gawe tôndha tangane dhewe. Dadi cêkakane, iya kudu milih wong-wong sing bisa nulis.

Garèng: Wah, pranatan kang pungkasan kiyi aku ora cocog, Truk. Awit ing kono sajak ana panganggêp, yèn wong kang ora bisa gawe tôndha tangane dhewe, dadi ora bisa nulis, kuwi luwih asor katimbang wong sing rê ... kè ... tèk, bisa gawe tôndha tangane dhewe. Wèh, kiyi durung kinar, sèh, apa manèh mungguh lakune among dagang. Rak akèh bae ta wong sing ora ngrêti: alip bengkong, pa pincang utawa manèh a. b. c. sênggoyoran, ewadene pulitiking dagang, wadhuh, amênthalit bangêt.

Petruk: Lo kowe aja kaliru tômpa. Ora kok arêp ngina marang wong sing ora bisa gawe tôndha tangane dhewe, kuwi ora babarpisan. Prêlune mung arêp anggampangake laku bae, awit tumrap wong sing ora bisa nulis, kudu ngêcapake drijine, ana ing ngisoring layang tôndha adêging pakumpulan mau. Dene anggone ngêcapake drijine mau, kudu nganggo disêksèni dening amtênar pangrèh praja bôngsa Eropah. Mara, apa kiyi ora brabèh bangêt.

Garèng: Ya wis ngrêti aku, saikine pitakonku kang pungkasan dhewe: amrih bisane banjur lês, ditômpa ae, kêpriye anggone kudu gawe pranatan baku, yaiku sing diarani dening bôngsa Walônda Statuten.

Petruk: Wah, kiyi warna-warna sing kudu kok èlingi, nanging liya dina bae tak kandhani sing nganti gamblang.

[Grafik]

Mênggahing unta, limrahing sêsêrêpanipun tiyang kathah, namung kangge tumpakanipun tiyang ngambah sagantên wêdhi. Nanging tumrap laladan Mêsir, namung kangge anggèrèt garobag. Kados gambar ing sisih punika.

--- 916 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Nêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès.

Bab Standplaatstoelage.

Wara-wara ing bab ewah-ewahan Standplaatstoelage kawartosakên sampun wontên ing para dhepartêmèn. Katêranganipun makatên: 3 prêsèn pantog dumugi f 15.- perangan Jawi Kilèn tumrap Bogor, Sukabumi, Cimahi tuwin Tasikmalaya. 5 prêsèn pantog dumugi f 25.- tumrap Bandhung, Andhir, Sukamiskin, tuwin Kiaracondhong. 8 prêsèn pantog dumugi f 40.- tumrap Batawi, Wèltêprèdhên, Mèstêr Kornèlês, Tanjung Priuk. 10 prêsèn pantog dumugi f 50.- namung tumrap Surabaya, Wanakrama tuwin Ujung.

Gupêrnur Jawi Têngah.

Gupêrnur Jawi Têngah enggal, Paduka Tuwan A.H. Neys sampun nampèni pasrah-pasrahan padamêlan. Dene paduka Tuwan Van Gulik, gupêrnur lami, sampun bidhal saking Sêmarang, kondur dhatêng Eropah, nitih kapal Johan de Witt.

Asistèn residhèn Pathi kakèndêlan.

Kawartosakên, asistèn residhèn Pathi Tuwan J.L.v.d.B. kakèndêlan, amargi gadhah tindak botên sae.

Sêkolahan nênun ing Banjaran.

Ing Banjaran badhe wontên sêkolahan nênun ingkang dipun adani dening Radèn Ayu Wiranata Kusuma, tatananipun sampun anyêkapi, kintên-kintên ing wulan ngajêng sampun kabikak. Kacariyos padamêlan punika dipun wigatosakên ing tititêtiyang. siti.

Pamondhokan lare èstri ing Surabaya.

Ing Surabaya mêntas wontên ulêm-ulêman ingkang maligi namung warga Studieclub, prêlu ambikak pamondhokan lare èstri ingkang dipun adani dening para panuntun Studieclub. Griya wau manggèn wontên Irisstraat No. 4. Ingkang kapatah nguwaosi griya pamondhokan wau Nyonyah Gunawan, garwanipun Dhoktêr Gunawan suwargi. Inggih sadhèrèkipun Dhoktêr Sutama. Ingkang manggèn sampun wontên wanita 6, sami ambayar nigang dasa rupiyah.

Ingkang murwani ambikak Nyonyah Sudirman, Dhoktêr Sutama lajêng mêdhar sabda, mratelakakên, bilih punika satunggiling padamêlan kabangsan ing Studieclub.

Kasangsaran ing sagantên.

Kawartosakên, ing sacêlakipun Capak, Madura, wontên baita Madura kuwalik ing sagantên, jalaran katêmpuh ing angin agêng. Tiyang ingkang numpak 13 sami kalêlêp.

Rah Madura.

Kawartosakên, satunggiling dintên, mantri pulisi ing Kadhungdhung, Madura, anggêbag tiyang mawi karwat. Tiyang ingkang kagêbag sangêt nêpsu lajêng nyuduk dhatêng mantri pulisi wau ngantos kaping kalih, kenging dhadha.

Wontên asistèn wadana ingkang nuju wontên ing ngriku lajêng ngungêlakên pistul kangge ngajrih-ajrihi, nanging ugi lajêng dipun têmpuh dening kulawarganipun tiyang ingkang nyuduk, mawi dêdamêl landhêp tuwin pênthung, ngantos nandhang tatu rêkaos, ing wêtêng utawi sirah, botên dangu wontên pèl pulisi dhatêng, rêrêsah lajêng sirêp.

Mulo Taman Siswa.

Kala dintên Sênèn tanggal kaping 7 wulan punika Mulo Taman Siswa ing Bandhung sampun kabikak. Ingkang sami anjênêngi kajawi para tiyang sêpuhing murid, ugi para wakiling pakêmpalan tuwin tamu ingkang sami dipun aturi.

Badhe tumut nyaksèni.

Wontên pawartos, pangagênging rêsèrsê ing Batawi, ajung up komisaris Tuwan D. de Vlugt badhe naksèni papriksan prakawisipun Ir. Sukarna ing Bandhung.

Prakawisipun Ir. Sukarna.

Wontên pawartos, bilih dintên badhe pamriksaning prakawisipun Ir. Sukarna dèrèng sagêd nêtêpakên. Awit ing bab punika taksih salêtêtingsalêbêting. dados papriksanipun presidhèn landrad ing Bandhung, tuwin papriksanipun sakalangkung ruwêd. Dados manawi presidhèn landrad dèrèng nêtêpakên ugi dèrèng gumathok. Malah dumugi sapunika ingkang ngêmbani prakawisipun, inggih punika Mr. Sartana, dèrèng mriksa sêrat-sêratipun papriksan. Dados pawartos têtêping dintên kados ingkang sampun, punika kalintu.

Pamulangan luhur pangadilan.

Lulus kandhidhat iksamên ing pamulangan luhur pangadilan bagean kalih. Tuwan Sumitra Rêksadipraja, 2. Radèn Kuncara Purbapranata tuwin 3. Mas Sukasna.

Ambikak Mulo Pasundhan.

Pamulangan Mulo Pasundhan ing Tasikmalaya sampun kalampahan kabikak, dipun jênêngi ing residhèn Priyangan wetan, insêpèktur pangajaran andhap, minôngka wêwakilipun dhirèktur pangajaran, bupati ing Tasikmalaya, Ciamis, tuwin Garut. Pambikakipun pamulangan wau mawi pasamuwan arak-arakan tuwin sanès-sanèsipun. Pamulangan wau botên ngêmungakên kangge tiyang siti kemawon, ugi tumrap sanès bôngsa.

--- 917 ---

Radèn Hasan Wiratmana.

Kawartosakên, Radèn Hasan Wiratmana, satunggiling tiyang siti ingkang majêng piyambak dhatêng among dagang, inggih dados dhirèkturing N.V. Baouwmaatschappij Soenda ing Bandhung, ingkang sampun nate kawartosakên dhatêng Eropah, sapunika manggèn ing Mêsir.

Ajênging pamulangan tani.

Ing taun punika pamulangan tani ing Sukabumi tuwin Bogor, kathah murid ingkang kawangsulakên, jalaran saking kêkirangan papan. Ing Bogor kemawon lare ingkang badhe malêbêt wontên 96, nanging ingkang katampèn namung 40. Ing Sukabumi wontên 120, namung sagêd katampèn 30.

Sultan Kotapinang badhe dhatêng nagari Walandi.

Kawartosakên, bilih tumapakipun taun ngajêng, sultan ing Kotapinang asma Maamoer Perkasa Alam Sjah badhe dhatêng nagari Walandi, sowan Sri Bagendha Kangjêng Raja Putri.

Sêsakit tipês.

Rumiyin kawartosakên ing Cirêbon tuwuh sêsakit tipês, wontên ing sawatawis kampung. Nanging sapunika waradin, kenging dipun wastani pagêblug. Pangagêng nagari andhawuhakên waradin, supados têtiyang sampun sami ngombe toya mêntah.

Asiah

Pêpêrangan ing Honan.

Syang Hai 10 Juli (K.P). Liya Sih nêmpuh Kaipèng, kanthi ngirid wadya kathah, ing ngriku wadya ingkang dipun têmpuh anglawan ambêg pêjah, kathah ingkang tiwas tuwin nandhang tatu.

Sang Kuwan Yun Siang ing golongan bragada 17 lajêng dumunung ing sisih kiwa saking Lung Hairil We, lajêng andhêsêk Kaipèng. Cu Sao Liyang saking sisih têngên ugi majêng miturut dhawuhipun Ciyang Kai Sèk.

Ing bab anggènipun badhe ngayomi Cèngco, wadya rêrêsah badhe ambelani kitha Kaipèng. Ing antawisipun Kaipèng kalihan Congco, kajagi santosa.

Nêmpuh Cinan.

Syang Hai 10 Juli (K.P.). tumrap badhe pangrêbatipun kitha Cinan, wadya parentah dipun ajêngakên saking tigang panggenan, inggih punika saking Cinpuril We, Kiyaociril We tuwin Huwang Ho, saha katingal sampun campuh.

Ciya sampun kenging dipun êbroki wadya parentah.

Parentah tuwin wadyanipun.

Syang Hai 12 Juli (K.P.). Parentah andhawuhakên dhatêng para wadya sadaya murih ngangsêg. Wadya golongan 4 tuwin 8 ingkang dipun angsêg dening wadya Kwangsi tuwin Cang Phak Wi angsal damêl, sami tampi ganjaran tuwin pangalêmbana.

Ebah-ebahan Gandi.

Bombai 11 Juli (Aneta-Nipa). Wontên tiyang 60 ingkang botên miturut dipun alang-alangi lampahipun, wontên ingkang nandhang tatu 40, sami kataman dêdamêling pulisi. Dene ingkang dados sababipun jalaran sami adrêng adamêl arak-arakan kabangsan, dipun êndhêg botên kenging. Presidhèning konggrès komite ing Bombai ugi nandhang tatu. Pajagèn pulisi saya santosa.

Eropah.

Siti jugrug.

Breslau 9 Juli (Aneta-Nipa-Radio). Ing pamêlikan Wenzeslaus cêlak Neurode wontên swara anjêblug, inggih punika panjêblosing gas arêng sela, mayit ingkang pinanggih 25, wontên malih 100 langkung ingkang taksih wontên ing Growongan murub. Wontên pawartos malih, tiyang ingkang tiwas langkung 70. Kasangsaran ingkang kados makatên, ing salêbêtipun sadasa taun kalêbêt ingkang agêng piyambak.

Kingsford Smith badhe anggêgana.

Los Angeles 11 Juli (Aneta-Nipa-Radio). Kingsford Smith sawêg tata-tata tadhebadhe. anggêgana saking Inggris dhatêng Ostrali, ngangge mêsin mabur ingkang ènthèng, lampahipun langkung Athene, Kalkotah tuwin Batawi. Lampahipun badhe kaangkah sagêda dumugi ing dalêm sadasa dintên, dados anglangkungi ingkang sampun. Tumrap ingkang sampun, saking Inggris dhatêng Ostrali dipun lampahi 15 dintên.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 113 ing Kêbumèn, f 3.- sampun katampi, nuwun.

Lêngganan nomêr 2665 ing Plampitan, ingkang f 1.- punika rumiyin kangge wulan Pèbruari lan Marêt 1930, awit lêngganan kapetang wiwit 1 Mèi 1929.

Wangsulan saking Redhaksi

Tuwan Br. Sudarma, ing Kabangan. Lotre ingkang badhe mawi tatanan enggal, sanès ingkang kasade ing sapunika.

Lêngganan nomêr 760 ing Gêdhèg. Dintên Rêbo Pon ing wulan Dhesèmbêr 1908 dhawah tanggal 16, Jawi wulan Dulkangidah tanggal kaping 22, taun 1838 wuku Watugunung.

Tuwan Wardaya ing Mungkid. Ingkang angsal lêlahanan 1 punika sabên lêngganan 5, dados sabên 5 namung ambayar 4.

Lêngganan nomêr 43 ing Pangundangan. Gambar botên kapacak, kirang cêtha.

--- 918 ---

Wêwaosan

Sintên ingkang Wajib Kantun

9.

Tiyang kêkalih mirêng têmbung makatên punika pating krengkot, rêbatan kantun. Tuwan Smith lajêng wicantên: Ing sêmu sampeyan tiyang kalih sampun katingal manawi sami ajrih, nanging inggih botên dados punapa, awit sami dene ajrih, dados têtimbanganipun sami. Ewasamantên kula inggih dèrèng sagêd namtokakên bilih ajrih sayêktos, tôndha yêktinipun badhe pinanggih ing mangke. Nanging sapunika lajêng kadospundi, têka lajêng pating karengkot.

Tuwan Harwey lajêng nyêla wicantên: Wis, dilotre bae.

Smith: Panglotrene kapriye.

Harwey: Nganggo dhomino.

Smith: Kadospundi Tuwan Johnson.

Johnson: Inggih sampun, prayogi.

Tuwan Smith lajêng mêndhêt dhomino dipun kocok kalihan wicantên: nyalêmbar kemawon. Gêdhèn-gêdhenan, apa cilik-cilikan mata.

Johnson: Agêng-agêngan kemawon, dados pundi ingkang agêng mênang.

Harwey: Botên, ah, alit-alitan kemawon, ingkang mênang ingkang alit, inggih punapa kadospundi.

Johnson: Prayogi.

Tuwan Smith lajêng ngêdum dhomino nyatunggal. Tuwan Harwey tuwin Johnson anggènipun mêndhêt sêmu samar, nanging kadospundi malih, inggih namung kêdah tumindak. Tuwan Johnson dhominonipun lajêng dipun banting kêlemah, isi mripat gangsal kalihan ênèm. Tratab, manahipun Tuwan Johnson namung dhêg-dhêgan, tuwin garunêngan: Aku mau pancèn ngajak gêdhèn, jêbul cilik-cilikan, ajaa mêsthi mênang.

Tuwan Harwey cikrak-cikrak saha wicantên sajak ngerang-erang: dados gunggungipun sawêlas mripat: ta. Inggih sawêga kula bikak kalemah ... anggènipun wicantên makatên wau kalihan ambikak dhomino, nanging lajêng anjêgrêg tanpa wicantên, amargi mripating dhomino pinanggih ênêm jejeran kalih, dados mripat kalih wêlas. Inggih punika ingkang kawon.

Smith: Wis, apa manèh sing dirêmbug. Kowe linggih amarêp ngidul, sampeyan ingkang majêng mangalèr Tuwan Johnson, ingkang ragi têbih.

Sasampunipun sami mapan lênggah, pêthi lajêng dipun papanakên sangajêngipun Tuwan Harwey, tutupipun nuntên kabikak. Sawêr ingkang wontên salêbêting pêthi, sarêng sumêrêp pêpadhang lajêng nongolakên sirahipun, agênging sirahipun wontên sabithi longgor, ilat mèlèt-mèlèt, inggiling panongolipun sampun sakilan.

Ing ngriku rencangipun Tuwan Harwey nyêlaki bandaranipun kalihan wicantên bisik-bisik: Bêndara, sampun ajrih, kula sampun cêtha, sawêr punika botên mandi, sanadyan nyakota inggih tawa kemawon.

Tuwan Harwey mirêng wicantênipun jongos makatên wau, sanadyan ing sêmu katingal botên ngraosakên, nanging tumanêm ing manah, saha ing sanalika ngriku rumaos têtêg.

Kocapa, sawêr saya inggil pangadêgipun, mèh wontên sapalihing badan, ebahing badan katingal mobat-mabit kados pucang kanginan, sirah nyanthuk kados badhe nyaut, ilat mèlèt-mèlèt angajrih-ajrihi, manawi dipun sawang adamêl girising manah.

Tuwan Harwey sanadyan apawitan têtêg, nanging sarêng sumêrêp dhatêng polahing sawêr, ing manah ugi lajêng gingsir, awit mangrêtos bilih polah ingkang kados makatên wau polahing sawêr galak, wah malih wandaning sawêr wau kaluwèn, mila sajak badhe nyarap kemawon.

Sawêr wau ulêsipun cêmêng anjangês, gilapipun ngantos katingal gumêbyar. Namung ing dhadha, dados perangan ngandhap, katingal pêthak sulak jêne, mripatipun abrit kados mirah.

Sanadyan botêna mawa wisa pisan, manawi tiyang sumêrêp wêwarnèn kados makatên punika tamtu inggih uwas ing manah, makatên ugi mênggahing Tuwan Harwey, sanalika ulatipun katingal biyas, mripat pandirangan tansah ningali mrika-mrika. Wontênipun makatên, awit manawi nyawang botên têgêl, nanging manawi botên nyawang samar, mila lajêng namung anggêgêt untu kemawon. Môngka adêging sawêr wau sampun nyangklêk wontên ing rai, upami sawêr manglung sakêdhik kemawon sampun gathuk ing irung.

Sawêr namung kêkêjêr nolah-nolèh, kados wontên ingkang dipun padosi. Ing ngriku Tuwan Johnson ugi tansah mandêng dhatêng polahing sawêr, nanging pancèn dhasar ajrih yêktos, mila salêbêtipun nyawang tansah kirag-kirig. Malah saking gilanipun wau, nalika sawêr andêngongok inggil, untunipun antosngantos. gathuk narêthêk, wusana ngantos ngêsês kados tiyang angêsêti.

Nalika sawêr mirêng swara ngêsês wau kagèt, jênggirat lajêng ngajêngakên Tuwan Johnson saha wêkasanipun lajêng nalorong nyaut Tuwan Johnson. (Badhe kasambêtan)

--- [919] ---

Ôngka 58, 21 Sapar, Taun Jimawal 1861, 19 Juli 1930, Taun V.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50. Bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Ngobrol ing Dintên Sabtu

Bab Kabêsmèn ing Mistêr Kornèlis

Kanggenipun dintên Sabtu punika, pancènipun sampun ragi kasèp angobrolakên ing bab wontênipun kabêsmèn ing kampung: blakang pasar Mistêr Kornèlis, awit kabêsmènipun wau kirang langkung sampun wontên 10 dintên sapriki. Ewasamantên mêksa badhe kula obrolakên wontên ing ngriki, pancènipun inggih botên wontên prêlunipun babarpisan, ngêmungakên kangge omong-omong kosong aliyas omong anggêdabrul kemawon.

Ing basa Walandi wontên ungêl-ungêlan makatên: De een zijn dood, de ander zijn brood, upami Kajawèkna wentehan, kintên-kintên makatên: nèk sing siji mati, liyane olèh roti. Mênggahing basa Walandi, pikajênganipun têmbung: roti punika: panggêsangan, dados sêdyaning ungêl-ungêlan wau: nèk ana salah sijining mati, bisa anjalari wong liya bisa olèh panguripan.

Para maos têmtunipun wontên ingkang pitakèn, sabab-sababipun punapa, dene panggêsangan punika ing basa Walandi dipun gambarakên mawi têmbung: roti, sanès: sêkul. Kauningana, tumrap nagari Walandi: cêkakipun saanteroning tanah Eropah, têdha ingkang baku punika: roti utawi kênthang, dados beda kalihan ing tanah Jawi, têdha ingkang baku punika: sêkul. Ewadene ing masa pacêklik, manawi ing tanah Jawi kalêrês kêkirangan wos, inggih dipun gajul mawi: tela, budin, jagung lan sapanunggilanipun. Beda kalihan ing nagari Walandi, manawi ing masa pacêklik, cêkakipun tumrap têtiyang ingkang pancèn botên gadhah, ing sarèhning ing ngriku botên wontên tela, budin, lan sasaminipun, ingkang kangge gajuling panggêsanganipun wau, botên sanès kajawi ... kulit roti utawi kulit kênthang. Amila tumrap ing kula sadaya wajib anglairakên gênging panuwun dhatêng Ingkang Kuwasa, dene manawi wontên kêkiranganing têdha ingkang baku, taksih wontên têtêdhan sanèsipun ingkang kenging kangge gajulipun.

Amangsuli ungêl-ungêlan basa Walandi ing ngajêng, inggih punika: De een zijn dood, de ander zijn brood, upami basa Jawi kintên-kintên inggih kenging dipun samèkakên kalihan: kasangsaraning siji-sijining wong, kuwi sok bisa anjalari bêgjaning liyan. Saenipun ing ngriki, anggènipun mawi dipun èmbèl-èmbèli: sok bisa. Dados pikajêngipun: botên mêsthi, ngêmungakên kadhangkala kemawon, anggènipun ungêl-ungêlan ingkang makatên punika, nêmahi sayêktos. Amrih têrangipun, ing ngriki kados prêlu dipun wontênakên tuladan ingkang nocogi kalihan wontênipun ungêl-ungêlan wau, upaminipun makatên:

Wontên satunggiling kasir kantor agêng, numbas sêngkang kangge bok nèm, ing sarèhning blanjanipun kados padatan: krupyuk, dipun sukakakên dhatêng bok sêpuh, anggènipun ambayar sêngkang wau, kêsupèn [kê...]

--- 920 ---

[...supèn] lajêng ngangge arta nagari ingkang dados têtanggêlanipun, wusana sarêng kenangan ingkang wajib, botên ngêmungakên lajêng kêdah andhêkêm wontên ing hotèl prodheo kemawon, nanging malah dipun pêcat saking padamêlanipun. Lo punika ingkang dipun wastani: tiyang ingkang manggih kasangsaran. Dene bêgjanipun dhawah dhatêng juru sêrat, ingkang botên nyana botên ngimpi, têka, jlêgêdhêg, ujug-ujug dipun têtêpakên anggêntosi kalênggahanipun priyantun ingkang mêntas nandhang kasangsaran wau. Tumrap tuladan punika, wontêning ungêl-ungêlan basa Walandi ing nginggil, mila kenging dipun wastani: mathis sangêt, môngga samangke kula aturi tuladan sanès.

[Grafik]

Wiwit ing taun punika, jalaran wontênipun rantaman nagari cupêt, nagari kagungan karsa badhe adamêl pangiritan, inggih punika: badhe nyuda punggawa lan sasaminipun. Têgêsipun nyuda punggawa punika, badhe wontên para punggawa dipun pêcati, kanthi botên nêtêpakên tiyang ingkang dados gêgêntosipun. Dados ing ngriku wontên tiyang ingkang sangsara, nanging botên wontên tiyang ingkang bêgja, kosokwangsulipun, malah amêwahi kasangsaraning tiyang, jalaran, tiyang ingkang dipun pêcat saking padamêlanipun, punika ingkang kathah, kenging dipun samèkakên kalihan tiyang pêjah ingkang sugih sambutan, tiyang pêjah ingkang makatên punika, botên ngêmungakên adamêl trênyuhing para ahli warisipun kemawon, nanging para ahli warisipun wau lajêng kabêbahan ... nyauri sambutanipun. Makatên ugi priyantun ingkang dipun kèndêli saking pangkatipun, botên ngêmungakên adamêl susah sanak sadhèrèkipun, dene wontên kulawarganipun ingkang kecalan pangkat, nanging ugi sok dados damêlipun sadhèrèkipun wau. Ingkang makatên punika nagari ugi anguningani, amila anggènipun badhe nindakakên pangiritan wau, inggih kanthi rangu-rangu tuwin rêntênging panggalihanipun. Ananging kadospundi malih, manawi margi sanèsipun ingkang kangge nutupi kacupêtan ing rantaman wau, botên wontên.

Môngga samangke sami ngrêmbag mênggah wontênipun kabêsmèn ing Mistêr Kornèlis, mriksanana gambar. Miturut pawartos ing sêrat kabar, tuwuhing kabêsmèn wau jalaran saking kiranging pangatos-atosipun salah satunggaling tiyang ing kampung ngriku kalanipun cêthik latu. Ingkang makatên wau dede wajib kula sadaya, upami lajêng nglêpatakên dhatêng tiyang wau. Jalaran tumraping tiyang ingkang waras èngêtanipun, kados-kados inggih mokal sangêt, upami lajêng gadhah sêdya sêngaja badhe adamêl kamlarataning sariranipun piyambak, punapadene tiyang sanès. Nanging ngèngêtana, bilih sangkaning kacilakan punika asring botên kasumêrêpan. Dados mênggahing kula sadaya, botên wontên gunanipun upami lajêng anglêpatakên sintêna kemawon, kuwajiban kula sadaya ngêmungna wêlas sarta bela sungkawa,

--- 921 ---

sokur bage wontên ingkang krêsa ambantu sarana arta lan sasaminipun, dhatêng para korban kabêsmèn wau, awit kêdah èngêt, bilih kacilakan ingkang makatên punika ugi sagêd tuwuh wontên ing sariranipun piyambak.

Mênggah tuwuhing kabêsmèn wau kala dintên Kêmis tanggal 10 wulan punika, kintên-kintên jam 3 siyang, dados kala punika nêdhêng bêntèr-bêntèripun. Amila sakêdhap kemawon urubing latu sagêd tumuntên agêng, ing salêbêtipun saêjam, sampun wontên griya 43 iji ingkang dados êmpaning latu. Mênggah karugianipun kintên-kintên wontên f 30.000.- ing ngriki botên prêlu anyariyosakên pangangluhing tiyang ingkang jalaran saking pangamukipun latu, sampun kecalan sadaya barang darbèkipun, mindhak dados trênyuhing para maos kemawon. Ing ngriki para maos têmtunipun sampun sagêd ngintên-intên piyambak, sapintên sangsaraning têtiyang ingkang sami dados korbanipun latu wau. Amila bab punika kula punggêl samantên kemawon.

Antawisipun para ingkang maos obrolan kula punika, têmtunipun lajêng wontên ingkang kagungan gagasan makatên: Lo, bèine S.m.t. kiyi, kiraku mêntas kêbobolan anggone bakaran, tandhane: le ngobrol têka clewa-clewo mêngkono, ingatase arêp ngandhakake kobongan ing Mistêr Kornèlis, têka dibukani nganggo unèn-unèn saka basa Walônda barang. Lo kuwi olèh pirang prakara.

Lo, mangke rumiyin, ta, mangke rumiyin, sampun buru-buru pêcuca-pêcucu, mindhak adamêl kamigilapênipun ... marasêpuh. Kaparênga kula matur sakêdhik. Anggèn kula ngandharakên kabêsmèn ing Mistêr Kornèlis, mawi kula bukani katêranganipun ungêl-ungêlan basa Walandi: De een zijn dood, de ander zijn brood awit sasampunipun wontên kabêsmèn wau, ing kitha Mistêr Kornèlis ngriku, lajêng tuwuh satunggiling pandakwa ingkang botên nyakecakakên tumraping gumintê kitha ngriku. Môngga ta punapa mèmpêr, ingatasipun gumintê punika satunggiling bêbadan ingkang gadhah sêdya badhe damêl sae tuwin wilujênging kitha satêtiyangipun, wontênipun salah satunggiling kampungipun kabêsmèn ngantos têlas-têlasan, ingkang anjalari kasangsaraning pintên-pintên tiyang, têka dipun dakwa, manawi gumintê wau kabingahên sangêt. Minôngka kangge wêwatonipun, dipun cariyosakên, manawi gumintê sampun dangu ambêtahakên sitining kampung ngriku, nanging tansah botên kadadosan, jalaran têtiyangipun ugi sami sagah pindhah saking ngriku, manawi kaparingan waragad pindhah gunggung kêmpal f 17.000.-, lo, punika ungêling pandakwa wau, dede têtêmbungan kula piyambak. Môngga punapa punika botên nama: badhe ngawon-awon, utawi badhe andakwa ingkang botên-botên kemawon. Ing môngka ingkang ngatingalakên kasaenanipun rumiyin piyambak, kalanipun wontên kabêsmèn wau, inggih gumintê ing Mistêr Kornèlis wau, tôndha yêktinipun: arta sadhiyan f 2000.- ingkang pancènipun badhe kadamêl pahargyan minôngka kangge mèngêti adêging gumintê sampun 10 taun, sabagian lajêng dipun cowok prêlu kadarmakakên dhatêng para korbaning latu wau. Môngga, punapa punika botên pêng-pêngan, ingatasipun badhe sênêng-sênêng têka kasandèkakên, jalaran botên mêntala wontên têtiyang kukubanipun ingkang sawêg nandhang sangsara. Nanging bawanipun tiyang sawêg sêngit makatên, inggih lajêng wontên kemawon wicantênipun: gumintê awor darma dhuwit samono kèhe kuwi, rak padha bae karo anggonku nêtêpi jangji mênyang tanggaku, yèn nganti têmênan bisa kalakon apa sing lagi tak gayuh, yaiku mangkene: Kang, dipujèkake mawon bisane kula mênang lotre, pèndhèke sampeya kula wèhi ... jlebrah. Rak iya mêsthi bae, ta, yèn mênang lotre f 150.000.- têmtune iya ora krasa ta, nèk mung mrêsèni jlebrah siji mênyang tanggane bae.

Lo makatên pamanahipun tiyang ingkang sawêg sêng-it, ingkang kangge wangsulan têmtu wontên kemawon. Amila inggih botên prêlu kula dhebat panjang-panjang, ngêmungakên kula punggêl samantên kemawon.

S.m.t.

Bab Ringgit

Sang Hyang Anantaboga.

Sang Hyang Anantaboga punika dewaning sawêr, makahyangan wontên sadhasaring bumi nama ing Saptapratala, mênggahing ucap-ucapan utawi ing pawayangan, wontên ingkang awujud sawêr. Awit mênggahing Hyang Anantaboga, kacariyos pêthitipun anyôngga bumi, manawi molah sagêd angorêgakên bumi, nanging sajatosipun ugi awujud manungsa. Bab makatên punika mênggah mantukipun [mantukipu...]

--- 922 ---

[...n] wontên ing dêdongengan, Hyang Anantaboga punika inggih sawêr ingkang sagêd awarni manungsa.

Putranipun Hyang Anantaboga ingkang katingal dados lêlampahan wontên tiga, 1. Dèwi Basundari, 2. Bathara Nagatatmala tuwin 3. Dèwi Nagagini.

Mênggahing Dèwi Basundari, punika tansah amakèwêdi ingkang rama, awit tansah dipun pangarah dening Hyang Sindhula, inggih dewaning sawêr. Saking kawêkèning rama, sang putri ngantos katundhung kesah saking kahyanganipun. Dene lêlampahanipun badhe kacariyos ing wingking.

[Grafik]

Sang Hyang Anantaboga.

Kalih, Bathara Nagatatmala, punika inggih adamêl èwêd pakèwêdipun Sang Hyang Anantaboga, awit putra wau sakalangkung bagus ing warni, dados dipun eman sangêt dening ingkang rama, tansah dipun umpêtakên kemawon. Wontênipun dipun umpêtakên, awit saupami kauningan ing Sang Hyang Endra, tamtu kapundhut kadadosakên prajurit ing Kaendran, ingkang nama prajurit durandara.

Mênggahing para dewa punika ugi botên beda kados satataning tiyang limrah, inggih kaêcakakên ing damêl, ing kalamangsanipun ing Kaendran wontên damêl paridamêl.

Kacariyos Hyang Anantaboga tampi dhawuhipun Sang Hyang Endra pacak baris wontên ing rêpat kapanasan, amargi ing Kaendran katêmpuh ing nata yaksa Prabu Karungkala, para dewa sami karepotan.

Nalika Hyang Anantaboga nuju baris wau, putranipun ingkang nama Bathara Nagatatmala minggah dhatêng Kaendran, wanuh kalihan Dèwi Mumpuni, garwanipun Hyang Yama. Wusana sarêng kauningan ing Hyang Endra, lajêng andhawuhakênandhawahakên. dêduka dhatêng Sang Hyang Anantaboga, dene kumarunkumapurun. ngumpêtakên putra, wah sarêng katingal lajêng adamêl rêsah wontên ing Kaendran. Wêkasanipun Hyang Anantaboga kalêbêtakên ing yumani. Nanging Hyang Anantaboga inggih lajêng sagêd mêdal saking yumani saking rekanipun Hyang Yamadipati, murih Hyang Anantaboga sagêd nyêpêng Bathara Nagatatmala, ingkang wanuh kalihan garwanipun Hyang Madipati.Yamadipati.

Hyang Anantaboga botên kêkilapan dhatêng cidranipun Hyang Tama,Yama. bilih pamardinipun Hyang Yama makatên wau botên atas saking kaparêngipun Hyang Endra, mila sawêdalipun saking yumani lajêng

--- 923 ---

dhawuh dhatêng Bathara Nagatatmala, Dèwi Mumpuni kabêktaa kesah pisan, saha salajêngipun Hyang Anantaboga lajêng wangsul dhatêng Saptapratala.

Sarêng ing jamanipun Pandhawa, putranipun Hyang Anantaboga ingkang nama Dèwi Nagagini, kasmaran dhatêng panênggalpanênggak. Pandhawa nama Radèn Arya Bratasena. Hyang Anantaboga lajêng matak mantrawikrama sagêd andhatêngakên para Pandhawa gangsal, tuwin ingkang ibu Dèwi Kunthi, inggih punika ingkang pinanggih wontên ing lampahan Bale Sigala-gala. Lan kalampahan Dèwi Nagagini dhaup kalihan Radèn Bratasena.

Kajawi Pandhawa lajêng gêgayutan putra mantu, sajatosipun Hyang Anantaboga punika ugi asih dhatêng Pandhawa, mila salêbêtipun Pandhawa wontên Saptapratala, tansah winulang ing aji jaya kawijayan, kanuragan tuwin sanès-sanèsipun. Malah lajêng paring pitêdah dhatêng Pandhawa supados suwita dhatêng Prabu Matswapati, nata binathara ing Wiratha.

Hyang Anantaboga punika kêrêp pêpanggihan kalihan Pandhawa, inggih punika kalanipun Pandhawa manggih kasusahan. Lan malih jalaran Dèwi Nagagini punika wontên ing Saptapratala, botên nunggil kalihan Radèn Arya Bratasena, dados tansah rumêksa, mila gêgayutanipun kalihan Pandhawa inggih tansah wontên kemawon.

[Grafik]

Ing sisih punika gambaring kitiran ing nagari Walandi, limrahipun kangge nglampahakên panggilingan gandum utawi nginggahakên toya. Tumraping pasêmon, gambar wau kangge pasêmoning nagari asrêp, dene pasêmoning nagari bêntèr awujud wit kalapa.

--- 924 ---

Raos Jawi

Têtêping Manah

Satunggil-satunggiling lêlampahanipun tiyang, pundi ingkang nama marojol saking kalimrahan, tamtu dados rêraosaning ngakathah. IngkangIng. ngriki badhe nyariyosakên lêlampahan sakêdhik, ingkang wosipun badhe ngatingalakên ing bab kasantosaning manah, cêcariyosanipun makatên:

[Grafik]

Ing Boedapest wontên sawênèhipun tiyang èstri nama Nyonyah Josef Takacs, padamêlanipun dados babu wontên ing tangsi. Nyonyah wau sangêt anggènipun tumêmên ing damêl, sadaya dipun lampahi kanthi pangatos-atos. Ingkang nama pangatos-atos wau botên namung bab anggènipun tumindak ing damêl kemawon, ugi ngatos-atos ing bab rumêksaning panggêsanganipun piyambak, têgêsipun sagêd nindakakên caraning nata kabêtahan, ingkang ngrahayoni dhatêng gêsangipun. Mila sanadyan piyambakipun nama namung nyambut damêl asor, nanging gêsangipun katingal sênêng, kêtingalipun langkung têntrêm tinimbang tiyang nyambut damêl ingkang ngungkuli piyambakipun.

Tindakipun nyonyah wau tansah dados rêraosanipun tiyang kathah, dipun wastani dados tiyang ingkang botên limrah kalihan tiyang, namung kêtungkul ngudi kabêtahanipun piyambak, salêbêtipun gêsang tansah kêklêmpak bôndha tanpa kêndhat, punika ing têmbenipun lajêng badhe kangge punapa. Manawi wontên pitakenan makatên wau, anggènipun mangsuli sakeca kemawon: tataning gêsang kula sabên dintên punika, prêlunipun inggih namung kula angge nyênyênêng manah kula piyambak. Sênênging manah kula, badhe tumônja dados jampining sayah anggèn kula nyambut damêl. Dene pangangkah kula murih manah kula sagêd têtêp, sampun ngantos adamêl ewahing raos pangraos kula, upaminipun kula sakawit malarat, sarêng dados tiyang sugih lajêng santun pangraos agêng ing manah tuwin lajêng ngewahi tataning gêsang kula, punika sampun ngantos, lan malih kula lajêng isin amlampahianglampahi. nyambut damêl dados rencang, punika inggih sampun ngantos.

Ungêl ingkang kados makatên wau tumraping tiyang ingkang sami mirêng, namung nganggêp ungêl limrah kemawon, awit kathah tiyang ingkang sagêd cariyos, nanging botên sagêd nêtêpi cariyosipun.

Dilalah lêlampahan manawi sawêg nyarêngi dhumawahing kang kabêgjanipun, nyonyah wau dumadakan tampi warisan saking warisipun, awarni arta pintên-pintên yuta. Iba ta kagèting manahipun ingkang tampi warisan wau. Nanging nyatanipun mênggahing Nyonyah Josef têka ayêm kemawon. Arta inggih dipun tampèni, nanging botên pisan-pisan adamêl [ada...]

--- 925 ---

[...mêl] ewahing manahipun, malah inggih lêstantun anglampahi dados rencang kados adat, ajêg nindakakên damêl, ingkang ngêdalakên nipkah kanthi ngrêkaos. Kados makatên mênggahing cêcariyosanipun.

Têtêping manah ingkang kados makatên punika, manawi dipun manah, sayêktosipun ugi dados lantaran kasambadaning sêdya. Inggih bab punapa kemawon, manawi dipun lampahi kanthi ajêg, sêlot-sêlotipun inggih sagêd kadumugèn.

Ingkang cêtha saha mèmpêr pêpiridanipun, lêlampahan ingkang kados makatên punika, tumrap lêlampahanipun tiyang ingkang nêdya sugih, marginipun botên sanès, kêdah namung ngajêgakên adêging panggêsanganipun sabên dintên, manawi sagêd tumindak lêrês, inggih sagêd kadumugèn.

Murih cêthanipun, kados sagêd pados pasaksèn kathah, nanging limrahing pamanahanipun tiyang ingkang botên kuwawi sugih, adhakanipun lajêng ngawontênakên panacad, mada dhatêng wêwatêkanipun tiyang sugih, tur sampun cêtha bilih wêwatêkan ingkang dipun cacad wau wêwatêkan ingkang andadosakên sugihipun.

Dados mênggahing gampilanipun, tiyang punika limrahipun kapengin sugih, nanging namung kandhêg ing kapengin kemawon. Mila tansah manggih pituna.

Saya agêng pitunanipun malih, manawi kasugihan ing donya botên kacêpêng, kasugihaning Pangeran botên sumêrêp.

Kamajêngan

Bab Sêsêbutan

Nyambêti kalawarti Kajawèn ôngka 55 bab sêsêbutan wanita Jawi. Rèhning ing ngriku mawi anggêpok sêsêbutanipun para wanita ing tanah krajan Jawi, ingkang punika kula prêlu urun ular-ular sakêdhik, supados para maos sagêd ambedakakên sêsêbutan: gupêrmenan lan Kêjawèn.

Sêsêbutan radèn ayu utawi radèn mas, punika tumrap ing krajan Kêjawèn, wontên watêsipun. Inggih punika sêsêbutan wau ngantos dumugi wayah canggahing panjênêngan nata. satêlasing canggah wiwit warènging panjênêngan nata salajêngipun tanpa pêdhot-pêdhot.

Sêsêbutanipun:

Dèrèng diwasa, sampun emah-emah.

Èstri: radèn rara, radèn ngantèn.

Jalêr: radèn bagus, radèn ...§ Punika tumrap Ngayogya. tumrapipun Surakarta, radèn namung dumugi warènging nata.

Sêsêbutan: mas, gus, punika namung tumrap abdining panjênêngan nata ingkang asli kawula.

Dene sêsêbutan ngabèi, punika abdining panjênêngan nata pênajungan (gadhah sabin) lan pangkat mantri sapanginggil.

--- 926 ---

Pangkat bupati, punika tumrapipun ing Ngayogyakarta, sêsêbutanipun botên ewah kados nalika dèrèng dados bupati. Upami ing suwau mas, lajêng dados bupati, sêsêbutanipun inggih namung mas tumênggung. Bupati ingkang asli darah: canggah, buyut, wayahipun panjênêngan nata, punika sêsêbutanipun sami kemawon, sadaya radèn tumênggung. Makatên ugi garwa sarta putra wayahing bupati ingkang asli kawula, punika sadaya inggih botên gadhah sêsêbutan radèn.

Manawi wontên prêlunipun (saking katrimahipun) ngarsa dalêm inggih botên kawratan nginggahakên paring sêsêbutan radèn, nanging inggih lôngka. Bab sêsêbutan cêkap samantên kemawon.

Sapunika bab pêprênahan. Saèstunipun nêrangakên bab pêprênahan punika mêngêng sangêt, pramila ing ngriki kula namung badhe nêrangakên sadaya kawontênan ingkang sampun kula mirêngi kemawon, têgêsipun botên wontên pakêmipun.

Pêprênahan ingkang kangge wontên sajawining kraton: tumrap para darah pêprênahan kalihan para priyantun, ingkang asli kawula, cêkap nyêbut:

Êmbah, kakang utawi raka.

Bapak, adhi utawi rayi.

Paman, bok ayu.

Bibi, anak.

Nini, kakèk, salajêngipun.

Para priyantun ingkang asli kawula pêprênahan kalihan para darah: (R.M. = R.A. = R ngantèn, lan radèn) cêkap nyêbut titêlipun kemawon.

Para priyantun asli kawula pêprênahan kalihan para darah kasêbut nginggil, manawi wontên talêring sadhèrèk:

Êmbah = eyang,
Bapak = rama,
Kakang = kangmas,
Adhi = adhi mas,
Anak = anak mas,
simbok = ibu.
êmbok gêdhe = ibu agêng.
pak gêdhe = rama agêng.
adhi (èstri) = dhiajêng.
anak (èstri) = nak ajêng.

Dene yèn botên wontên talêripun sadhèrèk, inggih cêkap nyêbut titêlipun kemawon.

Tumrap wontên ing Ngayogya manawi badhe pêprênahan ingkang ganggam (dèrèng nate sumêrêp) yèn wontên kitha mawi sêbutan dèn, yèn wontên dhusun cêkap mas.

Kula ngakêni manawi katêrangan ing nginggil punika saking dayaning jaman têmtu badhe ewah piyambak. Dados salêrêsipun sampuna kula nguruni rêmbagipun Kajawèn ôngka: 55, kados sampun botên prêlu kalairakên wontên ing kalawarti.

Wasana bokbilih katêrangan kula wau wontên kêkiranganipun utawi kêladukên, kula sumanggakakên dhumatêng para maos ingkang ambêtahakên.

R.M.B. Dirjasubrata. Kêtandhan, Klathèn.

--- 927 ---

Waosan Lare

Kêtliwêng Barêng

VIII. Nênun pangagêman iyasan.

[Pocung]

amêcucu Dani nolèh nyawang Danu / lan alon akôndha / lah kapiye Danu iki / dene aku wis saguh munjuk sang nata //

sesuk rampung yèn cidraa ora wurung / bakal tômpa duka / apês sirahmu titanjir /ditanjir / tinanjir. lan sirahku padha digawe tontonan //

lan andhingkluk Dani nangis sênggruk-sênggruk / ketok bangêt susah / kang jalaran saka wêdi / nganti gawe wêlasing panggalih nata //

nuli dhawuh wis ta sira aja ewuh / lan ya aja samar / awit yèn samar ing ati / ora wurung bakal agawe kapiran //

aja gugup wis ênya murih kêcakup / iki tampanana / agêm ingsun ali-ali / sun paringke uwong loro siji edhang //

prêlune mung sira aja padha bingung / lan sabisa-bisa / rampungna tênan sing bêcik / awit bakal ingsun agêm pasamuwan //

Dani Danu bêbarêngan matur sêru / nun inggih sandika / tamtu dados benjing-enjing / wise ngono nuli ngadhaton sang nata //

wuse mungkur Danu Dani kukur-kukur / Danu nuli kôndha / kowe wong dipangan dhêmit / dene bisa gawe tangis reka-reka //

ing rekamu kapriye he kuwi mau / Dani nuli nyêdhak / karo kôndha bisik-bisik / gampang bae mung mangkene rasakêna //

gone clathu lan nyandhak mripate Danu / Danu gundam-gundam / mripat ambarêbês mili / karo kôndha dadi mripatku ko-brambang //

ngrêti aku dadi mangkono akalmu / wis aja sêmbrana / galo disawang prajurit / yèn konangan môngsa wurunga dibônda //

wise surup diyan pating klêncar murub / padhang kaya awan / rekane Danu lan Dani / nuli mapan wiwit nênun pating glodhag //

nadyan ngantuk iya nekad thênguk-thênguk / lan isih anggarap / swarane pating jarêglik / dilakoni têrus bae nganti mèh byar //

sang aprabu nuli utusan andangu / dhawuh ing utusan / dhatêng kula anuwèni / agêm dalêm punapa sampun sadhiya //

Dani matur samôngsa kapundhut katur / kula mung sumôngga / ing ngriki sampun cumawis / lan munjuka sadaya sarwa klêrêsan //

bali mlêbu ora suwe ketok mêtu / ngirit panakawan / kabèh padha kalung samir / lan amandhi arupa bèri kancana //

uwong mau kabèh bae padha ngaku / mêruhi rêrupan / kang padha bêcik lan pèni / ing têkane prêlu mundhut gêm-agêman //

Dani Danu nuli masrahake ithu / sawise katampan / Danu Dani milu ngiring / nyaosake mênyang ngarsane sang nata //

wise mlêbu ing kadhaton Dani Danu / bèrine kancana / diunjukke karo muni / lah punika agêm dalêm priksanana// [priksa...]

--- 928 ---

[...nana//]

sang aprabu mèsêm lan alon andangu / asta kaya ngasta / sajak angungkab-ungkabi / e la pancèn èdine wis ketok cêtha //

karsaningsun bisaa nuli diwangun / apa sira bisa / anggawe klambi kang bêcik / awit eman yèn digarapa wong liya //

Dani matur kula botên badhe ngawur / mung munjuk prasaja / alit mila pancèn grêji / tuwin malih kalêbêgkalêbêt. grêji pilihan //

nanging lugu mung anggarap agêm ratu / mila nama kula / kombul wontên pundi-pundi / botên nate babarpisan damêl cuwa //

nuli dhawuh sang prabu kaya wis manuh / ingsun wis uninga / caking gawemu saiki / lah wis gage kono nuli tandangana //

karsaningsun gawenên kang olèh wangun / kanthi gêgêlakan / awit dina sesuk kuwi / bakal ana pasamuwan rak-arakan //

Dani matur kaparênga kula ukur / sang prabu ngandika / wis aja ewuh saiki / wis tumuli kene enggal tindakêna //

nuli maju Dani angukur sang prabu / kaya ngukur tênan / cak-cakane ketok trampil / sapolahe sajak mung iya-iyaa //

wise rampung Dani nuli matur sambung / punapa kalihan / lajêng kawula bêdhahi / sang aprabu nuli dhawuh iya, iya //

Dani clathu wis ta kowe gênti Danu / nuli bêdhahana / kowe rak iya wis ngrêti / ukurane gilo tontonên sing cêtha //

ketok bikut silak klambi têkan sikut / guntinge dicandhak / dicakake cêklak-cêklik / satêmêne ya mung angguntingi hawa //

wise rampung banjur wong loro angusung / prantining dondoman / dhasare dondoman mêsin / amasang dom nanging ora nganggo bolah //

sang aprabu nalika priksa andangu / la bolahe apa / Dani kêsusu mangsuli / lah punika punapa botên pariksa //

gone matur tangane sajak angulur / sang prabu ngandika / o iya rampungna nuli / pancèn sira padha gambuh nyang kagunan.

Madusita

Pa. Pan wus lumrah manungsa nacad sasama. Ning tan kobêr gunggung cacade priyôngga.

Dha. Dhêmên tukar nuruti ati kang mungkar. Yèn mangkono kaprêpkarêp. mênyang kaluputan.

Ja. Jagakake kasaguhaning wong liya. Iku sasat ngandêl ingkang ora ana.

Ya. Ywa gêdhèkkên tyasing bocah lan ugungan. Nora beda jiwamu kokêlêm wisa.

Nya. Nyahak marang wawênang masthi konangan. Nastitèkna alwaaywa. kongsi kang mangkana.

Ma. Mlampah-mlampah yêkti ana kang kaangkah. Anggêr bêtah sayêkti antuk paedah.

Ga. Gêlaning tyas wit saka nora kalêgan. Kang kataman manungsa pikire ngôngsa.

Ba. Basa iku dadi têtalining bôngsa. Yèn abubrah basane ngrusakkên bôngsa.

Tha. Thukuling tyas kêkarêpan tan katêkan. Mundhak cuwa yèn kinira tan kalakyan.

Nga. Ngrusak raga ngumbar karsa nora arja. Kayadene wèh wisaning jiwanira.

Pak Jaya.

--- 929 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Kopêrasi

(Sambêtipun Kajawèn nomêr 46)

Garèng: Ayo, Truk, saiki caritakna isining pranatan baku sing diarani dening bôngsa Walônda Statuten, kuwi kudune kêpriye.

Petruk: Lo, kuwi mêngkene Kang Garèng. Ing pranatan baku mau kudu disêbutake jênêngane pakumpulan, mangkono uga katrangan mungguh sing dadi sêdyaning pakumpulan.

[Grafik]

Garèng: Le ora mèmpêr, hla iya mêsthi bae, yèn jênêngane utawa manèh sêdyaning pakumpulan kudu disêbut ana ing sêtatutên kono, mung bae anggone anjênêngake kuwi apa kêna sakarêpe, utawa apa ora diwajibake kudu nganggo basa Walônda. Upamane aku sakônca sing ngêdêgake pakumpulan mau, ing sarèhning jênêngku kiyi: Nala Garèng, banjur tak cara Landakake sathithik, upamane: Nala Garèng: banjur dadi Nul Kharên (Nulgaren) nèk jênêngmu Petruk, dilandakake, upamane banjur dadi Petrus (Petrus), hara, jênêngan loro kiyi rak wis pantês ta, yèn anduwèni: mripat siwêr lan irung dawa kaya canthelan topi. Ing sarèhning sing ngêdêgake ora wong siji, nanging pirang-pirang, iya banjur dièmbèl-èmbèli têmbung: Èn Ko (& Co) dadi jênêngane: Nulgaren & Co utawa Petrus & Co, hara, apa ora: mliding, jênêngan kiyi.

Petruk: Wiyah, sing kok kandhakake kuwi rak jênênganing pirmah, toko lan sapanunggalane, dudu jênêng kang pantês kanggo pakumpulan kopêrasi. Jênênganing pakumpulan kopêrasi kuwi ora prêlu nganggo basa Walônda, kêna ganggo basane wong bumi, dadi kêna nganggo basa: Mlayu, Jawa, Sundha lan sapêpadhane, anggêre aja nganti kalalèn anggone nyêbutake: kopêrasi lan pribumi. Jênêngan kang mathuk bangêt upamane mangkene: pakêmpalan kopêrasi potang pribumi ing Bayêman, utawa: kopêrasi pribumi pangupakaraning kewan ing Karanganyar.

Garèng: Wah, jênêngane têka le dowi mêngkono, apa ora kêna dicêkak bae ta Truk, sabab jaman saiki kiyi jaman nyêkaki jênêng, kaya ta: Budi Utama (Boedi Oetomo) dadi B.O., asistèn wadana (Assistant Wedono) dadi A.W. malah [ma...]

--- 930 ---

[...lah] ana, tuwan asistèn residhèn algêmènê bêstirsakên (Assistant Resident Algemeene Bestuurszaken) kuwi jarene dicêkak dadi tuwan Arab nanging dudu saka adramaut.

Petruk: Wiyah, sêmbrana kuwi le kabanjur-banjur ngono. Kêna orane dicêkak, jênênganing pakumpulan kopêrasi kuwi, aku êmbuh ora wêruh, upama kênaa, kiraku nèk nyêbutake kang kapisanan, ya kudu apa mêsthine. Sabanjure kudu ditêrangake padunungane, sarta prayogane ditêrangake pisan sing nganti gênah panggonane.

Garèng: Iya wis ngrêti aku, Truk. Dadi ora mung ditêrangake desa utawa kuthane bae, nanging iya kudu ditêrangake mèlu dhistrik ngêndi, kabupatèn utawa paresidhenan apa. Murih gênahe babarpisan, apa ora prêlu ditêrangake, yèn papan padunungane mau cêdhak bambon, utawa êmbakmèn upamane.

Petruk: Hara, kok banjur anggawa-gawa pakarêmane mêngkono, bambon utawa bakmèn iya ora prêlu disêbut-sêbutake, kaya kandhamu ing ngarêp bae, kaya-kaya iya wis cukup. Kajaba kang wus kasbut ing ngarêp, ing sêtatutên mau iya kudu ditêrangake sêdyaning pakumpulan, lan watês-watêse têbaning pakaryan. Mungguh watês-watêse têbaning pakaryan iki, upamane bae ing kono diarani pranatan mangkene: kang kêna dadi warganing pakumpulan kiyi ngêmungake wong-wong ing desa: A utawa ing ondêr dhistrik B.

Garèng: Wah, hla kiyi aku ora ngrêti sathithik-thithika, Truk, kênang apa dene jajahane pakumpulan kopêrasi mau digawe rupêk bangêt mêngkono. Ambok iya upamane pranatane dijêmbarake sing tênan, kaya ta mangkene: sing kêna dadi warga kuwi kabèh wong pribumi kang dêdunung ana ing tanah Jawa. Luwih jêmbar manèh upama sing kêna dadi warga kabèh wong pribumi ing saindênging tanah Indhonesiah.

Petruk: O, hla kliru, Rèng, yèn mangkono panêmumu, anggone jajahane kopêrasi mau digawe rupêk bangêt, kuwi prêlune supaya bisa mêsthèkake, supaya para wargane, siji lan sijine bisa têpung, nimbang utawa manèh niti kaanane dhewe-dhewe.

Garèng: Wèthè thithèh, hla kok rèwèl mêngkono. Ewadene jarene gampang wong yèn arêp nimbang utawa niti kaanane liyan kuwi, anggêre diajaki cêki utawa thothit bae, kabare: wong kuwi anggêre klabasan, raine katon anjrêbabak abang, tôndha gampang jèngkèle. Nèk sajêroning main ambasêngut bae, gêlanan atine. Nèk gawene ambantingi krêtu, jarene cugêtan atèn, mêngkono sabanjure.

Petruk: Wiyah, iya ora jangji, yèn kok banjur nyandhak wong main mêngkono, mêngko rak sida akèh sing mleroki têmênan. Luwih bêcik padha ambanjurake rêmbuge ing bab kopêrasi bae. Anggone warga siji lan sijine,

--- 931 ---

kudu têpung, bisa nimbang lan niti kaanane dhewe-dhewe, kuwi supaya bisa anggampangake apa kang wis disêbutake ing ngarêp, yaiku: para wargane kudu bisa nyambut gawe bêbarêngan.

Garèng: Iya wis gênah, anggêr siji lan sijine wis padha têpung bangêt, ya banjur bisa nyambut gawe bêbarêngan. Tandhane aku kiyi bae, anggêre mlêbu toko karo kancaku, yèn dhèwèke tak kêdhèpi, iya banjur ngrêti bae, nèk karêpe dhèwèke tak kon ngajak omong sing jaga toko, prêlune aku bisa ...

Petruk: Lo, kok banjur nyaritakake anggone nyambut gawe bêbarêngan, sumêdya arêp ngutil, kang kaya mangkono kuwi ora pantês, yèn dirêmbug ana ing kene. Wis, wis, saiki tak banjurne katêranganaku ing bab isining pranatan baku tumrap pakumpulan kopêrasi. Ing sêtatutên kono, uga kudu dipasthèkake sapira gêdhene utawa pira lawase têtanggungane siji-sijining warga tumrap prajangjian utawa ing têmbe yèn ana kakurangane dhuwiting pakumpulan. Nanging bab kiyi minôngka mungkasi rêmbuge ing bab kopêrasi, padha dirêmbug ing liya dina bae manèh.

Barang-barang Dêlancang

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar kawontênaning barang-barang ingkang badhenipun dêlancang. Barang-barang wau mêntas dipun pitongtonakên wontên ing Amsêtêrdham.

Kagunan ingkang kados makatên punika wontênipun ing ngriki nama satunggaling kawruh ingkang anggawokakên.

--- 932 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Iksamên notaris agêng.

Lulus iksamên notaris agêng bagean kapisan, Tuwan Abd. Tadjoedin ing Batawi. Bagean kalih Mas Jaka Mardiya ing Wèltêprèdhên.

Pamulangan luhur.

Lulus kandhidhat iksamên bagean kalih, Tuwan M.H. Sutama, asli saking Porong, Lawang.

H.I.S. èstri Pasundhan.

Pakêmpalan Pasundhan ing Bandhung kalampahan sampun ambikak H.I.S. èstri, muridipun sampun wontên 125.

Nyirnakakên sagawon.

Tumrap ing Bandhung nindakakên rekadaya nyirnakakên sagawon ingkang damêl pakèwêding tiyang, dumuginipun sapunika cacahipun sagawon ingkang sampun dipun pêjahi wontên 3906.

Prakawisan kalihan S.S.

Rad pan yustisi angrampungi prakawis gigatipun Cultuurmij. Goenoeng Sindoer lawanan S.S. Ingkang gigat anglênggahakên prakawis, supados S.S. angrembak sêtatsiun Batawi enggal, ingkang manggèn ing sitinipun. Karampunganing pangadilan anganggêp gigat wau botên tumônja.

Hawa srêp ing Priyangan.

Wontên pawartos ing Bandhung, kawontênanipun hawa srêp ing kabudidayan-kabudidayan sanginggilipun pêngalengan, ing sapunika karaos sangêt, ngungkuli taun ingkang sampun-sampun, nuwuhakên kapitunan agêng. Kathah kêbon ingkang kêtutup ing êbun lajêng anjêndhêl, andadosakên jênening godhong wêkasan andadosakên karisakan.

Salingkuh arta.

Ilêp pos komis ing Klampok, nama Radèn Awal Sumantri, kesah nilar padamêlanipun. Sarêng katitipriksa, artanipun ing kas kirang f 500.- lan ugi kakintên ambêkta arta kintunan sanès-sanèsipun gunggung f 3800.-

Pêpetangan angsal-angsalanipun Jaarbeurs ing Bandhung.

Ing taun punika cacahipun tiyang ingkang ningali ing Jaarbeurs wontên 189.659. ing taun 1929 wontên 226.227 lan ing taun 1928 wontên 189.166. Gunggunging angsal-angsalanipun arta ing taun punika f 54.924.90 ing taun 1929 wontên f 65.413.40 tuwin ing taun 1928 f 55.183.95.

Bab pandamêling arta.

Para warga rad kawula sawatawis sami angaturakên pamanggihipun, supados pandamêling arta ing Utrecht kapindhah wontên ing Indhonesiah kemawon. Kasêbut katrangan dhatêng dhepartêmèn babagan arta, bab wau botên kaparêngakên, amargi pamindhahipun wau waragadipun sakalangkung kathah. Lan malih parentah botên anyondhongi bilih pabrik arta wau wontên ing ngriki, awit pikantukipun botên sapintêna.

Malariah ing Majakêrta.

Sanadyan ing wêkdal punika pakaryan kasarasan tansah tumindak ambudidaya sirnaning sêsakit malariah, ing Majakêrta inggih tuwuh sêsakit malariah ngantos lar-tumular. Bab punika pangagêng ing ngriku lajêng nindakakên rêrigên rumiyin, ambage tablèt kêninê dhatêng têtiyang kathah.

P.N.I. tuwin panuntunipun.

Kawartosakên, pangagênging Politieke Inlichtingen Dienst ing Bandhung, inggih punika komisaris pulisi Tuwan H.H. Albreghts katimbalan dening pokrul jendral. Kintên-kintên badhe kadangu ing bab prakawis P.N.I. Ing bab mardikanipun Mr. Iskak, botên sande inggih badhe kapriksa sasampunipun angrampungi Ir. Sukarna. Tuwin Mr. Iskak ugi badhe dipun biyantu dening Mr. Singgih. Wontên pawartos malih bilih Mr. Sartana, Mr. Suyudi ing Surakarta tuwin Mr. Sunarya ing Medhan, ugi sami badhe angêmbani prakawisipun Ir. Sukarna. Saksi-saksi bôngsa Walandi ingkang tumrap prakawisipun Ir. Sukarna, tuwan D. de Vlugt up komisaris pulisi. Tuwan H.H. Albreghts kasêbut nginggil, tuwin parkèt ugi ngutus tiyang ahli, badhe mariksa pasakitan.

Balônja bêstir amtênar pribumi.

Jalaran saking kawontênanipun arta nagari kirang, tumrap rantaman B.B. kêpêksa botên sagêd dipun indhaki kathahipun.

Anggêgana ing wanci dalu.

Ing Batawi K.N.I.L.M. sampun nindakakên cobèn anggêgana ing wanci dalu, wilujêng botên kirang satunggal punapa. Kathah têtiyang ingkang numpak, sagêd nyumêrêpi kawontênanipun kitha ing wanci dalu.

Rêdi Krakatao.

Kawontênanipun rêdi Krakatao ajêk, wontênipun jêblosan ingkang inggil piyambak 800 mètêr, ingkang langkung saking 500 mètêr kathah, anakan pulo Krakatao inggilipun sampun 30 mètêr.

--- 933 ---

Pêkên darma.

Benjing wulan Agustus ngajêng punika Indonesisch Clubhuis ing Kramat, Wèltêprèdhên, badhe ngawontênakên darma, badhe kangge prêluning studiefonds, ingkang dipun adani dening para neneman ingkang sinau ing Batawi.

Dhirèktur Bestuursschool.

Kawartosakên, bilih Mr. Ch. W.A. Abenhuis ajung insêpèktur A.Z. badhe dados dhirèkturing Bestuursschool ing Batawi, anggêntosi Tuwan A. de Geus ingkang badhe wangsul dhatêng nagari Walandi kanthi pènsiun.

Bab pindhahan sêkal B dhatêng sêkal A.

Miturut papetangan, manawi kalampahan saèstu pindhahaning amtênar saking sêkal B dhatêng sêkal A, nagari badhe manggih pangiritan, ing dalêm sataun f 2.000.000.-

Pindhahan tiyang Jawi ing Surinamê.

Miturut katrangan-katrangan ing bab tumindaking pindhahan tiyang Jawi dhatêng Surinamê, waragadipun sabên 100 kulawarga, kapetang bapa, biyung tuwin waradin-waradinipun anak tiga, wontên f 29.000.-. Waragading lampah saking tanah Jawi dumugi Surinamê f 70.000.-

Asiah.

Ngukum panuntun.

Bombai 13 Juli (Aneta-Nipa). Parentahan dhawahi ukuman nyambut damêl paksa kawan wulan dhatêng presidhèn rad pêrang konggrès kabangsan Madi tuwin Dr. Gour. Lan malih ngukum dhatêng Desnan Singh panuntun konggrès, ingkang damêl arak-arakan wontên ing Maidan. Kadakwa nêrak awisan.

Curacao dipun ancam.

Curacao 13 Juli (Aneta-Nipa). Kawartosakên, bilih van Slobbe tampi sêrat kalih saking Revolutie-partij ing Venuzuela, suraosipun gadhah panêdha, supados pangagêng Curacao sampun angalang-alangi tindaking parte wau.

Pêpêrangan ing Tiongkok.

Syang Hai 15 Juli (K.P.). Campuhing pajurit ing Cinpuril We kaajêngakên dhatêng Kuphu, ing ngriku wadya Pucoyi cacah 1000 langkung, sami sirna, atusan ingkang katawan. Mêngsah mundur dhatêng Nin Yang.

Cinan badhe dipun rêbat tumuntên, parentah lajêng kintun bêbantu pêpêrangan ing Santung.

Bôngsa Ngamônca ing Sasi.

Han Ko 13 Juli (Aneta-Nipa). Kawartosakên, bongsa ngamônca ing Sasi sampun sami sumingkir sadaya, nyarêngi ing salêbêting kitha pêpêrangan. Nanging kakintên saking panêmpuhipun kaum abrit.

Pulisi nêmpuh kanthi dêdamêl.

Bombai 13 Juli (Aneta-Nipa). Konggrès Militia nglêksanani damêl arak-arakn, nanging lajêng mundur jalaran dipun cêgah pulisi mawi dêdamêl, wontên tiyang tatu 300, wontên 100 ingkang kabêkta dhatêng griya sakit. Pulisi tuwin militèr lajêng mingsêr saking Maidan.

Bêna agêng.

Syang Hai 14 Juli (Aneta-Nipa). Wontên pawartos saking Seoul, ing Koreah kilèn wontên bêna agêng, tiyang ingkang tiwas kalêlêp 78, ingkang ical 30, dene ingkang botên gadhah griya ewon.

Ura-urunipun bôngsa Indhu Islam.

Bombai 14 Juli (Aneta-Nipa). Wontênipun têtiyang ingkang damêl ura-uru ing wêwêngkon Bênggal tansah lajêng, wontên tiyang Indhu sanga papagan kalihan bôngsa Islam sami tiwas. Lajêng tuwuh ambêsmèni griya tuwin anjarah rayah. Pangagêng lajêng ngintuni pulisi tuwin prajurit kangge anjagi tata têntrêm.

Eropah.

Pangeran Siyêm wontên ing nagari Walandi.

Amsêtêrdham 9 Juli (Spec. Bat. Nbld.). Pangeran Damrong ingkang paman nata Siyêm sapunika rawuh ing nagari Walandi kalihan putranipun kêkalih, katingal sami rêna ing panggalih. Sang pangeran ngandikakakên, ing Siyêm prêlu angsal wulangan ing bab lampahing toya kangge têtanèn, sarana matah guru-guru agêng saking nagari Walandi wontên ing pamulangan luhur ing Bangkok.

Punapa kintên-kintên badhe wontên pêrang.

Paris 14 Juli (Aneta-Nipa). Jalaran saking wontêning rêmbagipun Prancis kalihan Itali katingal mrêpêg, parentah Prancis lajêng nyantosani wadya kapapanakên wontên ing watês.

Pawartos saking Administrasi.

Lêngganan nomêr 4779 ing Jagalan kulon. Lêngganan kapetang wiwit 1 Januari, nglajêngakên lênggananipun sadhèrèk Cakradiharja. Bayaran kula ajêng-ajêng.

Lêngganan nomêr 3123 ing Têsanan. Lêrês panjênêngan, taun punika sampun sah.

Lêngganan nomêr 3616 ing Cilacap. Wulan punika botên kêdah ambayar, amila botên dipun kintuni blangko, ananging 1 Ogustus mêsthi.

Lêngganan nomêr 1848 ing Magêtan. Panjênêngan lakar botên kula kintuni blangko wisêl, awit wulan Juli punika sampun ambayar. Wragad ngintunakên buku-buku katanggêl dening Bale Pustaka, makatên wau manawi ingkang mundhut tumbas ngintunakên rêgining buku-buku wau rumiyin.

--- 934 ---

Wêwaosan

Sintên ingkang Wajib Kantun

10.

Kados punapa kagèting manahipun Tuwan Johnson, ngantos botên kenging dipun pindhakakên, mila wontênipun namung anjêlih kalihan lumajêng, sêsambatipun: Tulung, tuloung. Sawêr mirêng sabawa makatên wau malah kados dipun sêngkakakên panyarapipun, nanging sampun katilar lumajêng ing Tuwan Johnson. Saha ing sanalika ngriku kamirêngan wontên swaraning pistul jumêdhor, botên dangu sawêr katingal ngringkêl sampun pêjah.

Sintên ingkang mistul sawêr wau, botên liya Tuwan Smith, pancèn sampun sadhiya ing sadèrèngipun. Saha botên dangu Tuwan Smith nyabawa: He, mandhêg. Ingkang dipun uwuh makatên wau Tuwan Johnson. Sarêng Tuwan Johnson sumêrêp bilih ingkang dipun uwuh wau piyambakipun, lajêng nolèh saha lajêng cangkelak wangsul.

Tuwan Smith wicantên: Ing sapunika botên prêlu majêng, sawêr sampun pêjah. Nanging sapunika sampeyan kula têtêpakên kawon, lajêng wajib sumingkir saking ngriki. Kados ing sapunika sampeyan sampun botên sagêd mabêni ginêm kula malih, awit sampeyan sampun têtela kawon santosa ing manah, malah mirising panggalih sampeyan katingal ing sadèrèngipun dhumawah ing wanci.

Tuwan Johnson: Sampun, sampun, samantên sampun cêkap, kula badhe nêtêpi janji kula, ing sapunika ugi, kula lajêng badhe kesah saking ngriki, sadaya sami manggiha rahayu.

Smith: Têtêping pangandika sampeyan wau pantês kula aosi, lan kula wajib ngaturakên pakurmatan dhatêng sampeyan. Dene ingkang dados pakurmatan kula, botên sanès, sampeyan badhe kula aturi nitih baita kula. Kaparêng sampeyan badhe dhatêng pundi, kula dhèrèkakên.

Johnson: Mirahing panggalih sampeyan ingkang samantên punika, kula tampèni kanthi gênging panuwun, tuwin kula anganggêp, bilih sampeyan sagêd ambadhe cangkriman ingkang taksih sumimpên salêbêting batos kula. Dene ingkang kula anggêp cangkriman wau, inggih punika pakèwêding manah kula anggèn kula badhe oncat saking ngriki, badhe kadospundi. Ing môngka ing sapunika angsal margi sarana saking pitulungan sampeyan. Nuwun, nuwun.

Smith: Tuwan, pitulungan kula punika namung nêtêpi wajibing agêsang kêdah bêbrayan gêsang sêsarêngan. Wis ta Harwey aku banjur lilanana tumuli budhal, awit lakuning kapal wis owah pirang-pirang dina, kang jalaran kasandhung sabab ana ing kene, aja nganti aku kaparan tutuh lan anêmoni cacading akèh.

Harwey: Iya Smith, ora liwat aku mung amêmuji rahayua ing salakumu. Samantên ugi sampeyan tuwan.

Johnson: Nuwun, ing ngriki makatêna ugi.

Tuwan Smith kalihan Tuwan Johnson lajêng bidhal, dene prakawis padagangan ing wêkdal wau lajêng dèrèng kaucapakên malih.

VII. Marêm ing manah.

Sarampunging lêlampahan ing bab anggènipun Tuwan Harwey rêrêbatan lêrês. Tumindaking panggaotanipun lajêng pulih malih. Nanging ing bab wau botên pisan-pisan andadosakên pamarêmipun Tuwan Harwey. Dene anggènipun botên kêdunungan manah marêm wau sababipun punapa, punika botên kasumêrêpan.

Mênggah ingkang dados titikan, bilih Tuwan Harwey botên gadhah pamarêm, ing sapunika namung katingal kèndêl kemawon, kala-kala sok kadumêlan piyambak, kados anglairakên manah piduwung.

Bab makatên wau tumrapipun Tuwan Harwey pancèn dipun raos dados pamanahan saèstu, tuwin sarèhning anggènipun wontên ing ngriku punika, tumrap ingkang tunggal bôngsa namung jongos, dados pun jongos ugi tumut ngraosakên, rintên dalu tansah ngulatakên dhatêng pasêmoning bandara. Sarêng pasêmoning bandaranipun saya dangu malah saya katingal anggènipun susah, jongos kêpêksa pitakèn, têmbungipun: Bandara, panjênêngan punika kadospundi, dene sapunika malah sajak katingal susah makatên, punika nama botên mantuk kalihan kawontênanipun. Awit saupami panjênêngan anggalih botên kraos wontên ing ngriki, prêlunipun punapa mawi katrêm wontên ing panggenan ingkang botên dados panujuning panggalih. Manawi anggalih pakèwêd, ingkang dipun pakèwêdi punapa, ing ngriki sapunika sampun botên wontên tiyang ingkang ngêgrêg-êgrêgi tumindaking kabudidayan panjênêngan. Lah lajêng punapa ingkang dados panggalihan malih.

Mirêng pitêmbungan makatên wau Tuwan Harwey ngantos anjênggirat, dening rumaos kêthuthuk ing rêmbag, tuwin anganggêp bilih pun jongos kêdunungan pamanggih ingkang nocogi kalihan raosing manahipun, wusana lajêng mangsuli: Jongos, kowe kuwi suwe-suwe saya ketok pratitising gunêmmu, bêbasane bathok bolu isi madu, ora ngira yèn kowe kêdunungan rasa kang nocogi kaya rasaning atiku. (Badhe kasambêtan).

Ôngka 59, 25 Sapar Taun Jimawal 1861, 23 Juli 1930, Taun V.

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [935] ---

Ôngka 59, 25 Sapar Taun Jimawal 1861, 23 Juli 1930, Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Pucaking rêdi Pênanggungan

[Grafik]

Rêdi Pênanggungan punika rêdi ing tanah wetan, antawisipun Bangil lan Majakêrta, inggilipun 1625 mètêr.

--- 936 ---

Siti dalah Têtiyangipun

Kasusilaning Jalu Wanita

Mênggahing kasusilan, inggih tumrapa bôngsa punapa kemawon, ingkang adhakan katingal rumiyin, punika ing bab tatacaraning pasrawungan jalêr èstri, ing ngriku rêbat pados pasaksèn pundi ingkang dipun wastani lêrês utawi sae, nanging sadaya wau wosipun inggih namung lèrèg dhatêng kasusilan.

Tumrapipun kasusilan kintên-kintên tumindakipun lêrês, pinanggih wontên tiyang ingkang sampun diwasa, mila ing bab gampiling titikanipun inggih pinanggih wontên ing pasrawungan jalêr èstri, têgêsipun inggih ingkang sampun diwasa wau.

Satunggal-satunggaling tatacara, tamtu wontên kajêngipun piyambak-piyambak, kados ta tumrap jaman rumiyin, bôngsa wanita Tionghwa pinardi suku alit, dipun sêngkêr. Bôngsa Arab akudhung barukut, tuwin sanès-sanèsipun.

Cara kalih warni wau mênggahing kajêngipun, botên liya inggih namung dados pamardi murih sae, nanging manawi dipun manah, pinanggihipun wontên ing jaman sapunika, lajêng katingal kawadhaganipun, pinardi alit, pedahipun namung murih wanita sampun ngantos ènthèngan suku, gampil ngambah margi ingkang gawat. Dene tumrap kêkudhung, botên liya namung ngudi, murih sampun sagêd gadhah wawasan têbih. Awit mênggahing wanita, manawi botên gadhah tindak kalih prakawis wau, kasusilanipun sampun nama utami. Wusana [Wu...]

--- 937 ---

[...sana] lajêng tuwuh ewuh-ewuhan tatananing jagad, tuwin lajêng sagêd cocog, bilih sèlèhing kasusilan ingkang kados makatên punika dèrèng srêg, malah nama namung makolèhakên tiyang ingkang gadhah panguwaos, inggih punika tiyang jalêr, dados ingkang anggadhahi kabêgjan tiyang jalêr, kasusilaning èstri namung adamêl pitunaning èstri piyambak. Pinanggihipun wontên ing jaman sapunika, bôngsa wanita Tionghwa inggih sampun sami suku limrah, bôngsa Arab sampun wontên ingkang bikak kudhung. Saupami sapunika taksih wontên ingkang nindakakên tatacara lami, lajêng katingal piyambak anggènipun nyulayani kasusilan ing jaman sapunika.

Manawi bôngsa Jawi, pandhêdhêring kasusilan tumrap wanita ugi salaras kemawon, nanging limrahipun namung kangge kalanipun dèrèng winêngku ing kakung, dene manawi sampun emah-emah, dipun anggêp sampun luwar saking èwêd pakèwêd. Tumrap ing jaman rumiyin, tatacaranipun tiyang gadhah anak èstri punika tansah nindakakên kasusilan ingkang adhapur pasêmon, kados ta lare èstri ingkang anggarapsari sapisan, punika mawi dipun êdusi kanthi ngatur-aturi para sêpuh utawi ulêm-ulêm para putri, prêlu nyuwun barkah. Nanging mênggah kabatosanipun angatingalakên, bilih anakipun sampun diwasa, kenging dipun takèkakên ing tiyang sanès. Dene sasampunipun punika, tumrap panitiking lare èstri ingkang sampun diwasa utawi taksih lêgan, sagêd nitik saking sandhang pangangge, inggih punika sampun nyandhang ngangge kados tiyang sêpuh, nanging untunipun pêthakan, dados tiyang sanès botên kêkilapan malih, bilih wontên wanita ingkang kados makatên nandhakakên taksih lamban. Dene tandhanipun manawi sampun emah-emah, sampun untu cêmêng, inggih punika sisig.

Tataning kasusilan Jawi kala jaman rumiyin warni-warni sangêt, tur sadaya sawarni pasêmon, nanging sarêng dhawah ing jaman kamajêngan, kasusilan jawi kina, kenging dipun wastani mèh ical babarpisan, santun ngangge kasusilan enggal.

Dados mênggahing kasusilan, ewahipun sampun mêsthi, dening kawon kêsuk lampahing jaman. Dene awon saenipun: sami-sami.

Bab Ringgit

Bathara Cingkarabala tuwin Bathara Balaupata

Sintên ingkang sampun kulina dhatêng cêcariyosan ringgit, tamtunipun inggih sampun mirêng dhatêng cêcariyosanipun dewa kêkalih wau. Awit dewa kêkalih punika sanadyan awis mêdalipun, nanging kêrêp dipun ucapakên.

Bathara Cingkarabala tuwin Balaupata punika sami dewa danawa, padamêlanipun rumêksa kori sela matangkêb, inggih punika kori ing swargan.

--- 938 ---

Dewa kêkalih wau sami pinaringan pangawasa misesa tiyang ingkang minggah dhatêng kaswargan ingkang botên pinarêngakên dening dewa, mila mênggah tiyang ingkang minggah dhatêng suwarga pakèwêdipun ingkang kapisan inggih wontên ing ngriku punika, manawi sampun lulus sagêd anglangkungi kori sela matangkêb, sampun sêpên ing pakèwêd. Wontênipun makatên, awit tamtu dipun tanggulangi ing dewa kêkalih wau, dhasar sami sêkti tuwin tansah amandhi gada, sintêna ingkang kadhawahan gadanipun tamtu ambalêdug sirna sami sanalika. Mênggah mulabukanipun anggèning dewa danawa kêkalih wau wontên ing kaswargan makatên:

[Grafik]

Nalika Hyang Guru ngejawantah jumênêng nata ajêjuluk Sri Paduka Rajamahadewa Budha aningali teja ngêguwung, sarêng dipun pariksa, ingkang mawa teja wau danawa tapa, ditya têtapa wau nalika dpun rawuhi Sri Paduka Rajamahadewa Budha botên mobah botên mosik, wusana lajêng dipun dangu: punapa karananipun têtapa, manawi gadhah sêdya badhe nêdya punapa, lan sintên namanipun.

Ditya amangsuli: sanadyan ditya, nanging bangsaning brahmana, mila têbih gadhah tindak awon, nama Bagawan Danu. Dene ingkang dados sêdyanipun kapengin nunggil kalihan para dewa.

Sri Paduka Raja Mahadewa Budha mirêng atur makatên punika sakalangkung rêna ing panggalih, Bagawan Danu lajêng dipun bêkta dhatêng kadhaton.

--- 939 ---

Nanging tindakipun Sri Paduka Raja Mahadewa Budha wau andadosakên kalintu sêrêping para danawa anak putunipun Bagawan Danu, angintên ingkang botên-botên, malah wontên ratuning danawa Maharaja Danu kalajêng ngêrig wadyabala anglurugi paduka Raja Mahadewa Budha, lajêng dipun pêthukakên para jawata rêsi, nanging sadaya sami kasêsêr.

Ing ngriku Bagawan Danu sumêrêp manawi tuwuhing pêpêrangan wau namung jalaran saking kalintu sêrêp kemawon. Bagawan Danu lanênglajêng. nyapih ingkang pêpêrangan,sarta saha lajêng nyariyosi dhatêng anak putunipun, bilih pamurinanipun wau kalintu, awit Bagawan Danu malah manggih kamulyan. Sarêng sampun têrang makatên, para danawa lajêng sami wangsul.

Sawangsulipun para danawa, wontên danawa satunggal taksih kantun, nama Gopatana, gadhah atur dhatêng Sri Paduka Raja Mahadewa Budha, aturipun: dhuh, ratu sêsêmbahaning sipat gêsang sadaya, wontênipun kula botên tumut wangsul kados danawa sanès-sanèsipun, kawula badhe saos atur ing paduka.

Mênggah wigatosing atur kula, sarèhning kula punika sampun ngrumaosi kasoran, kula ngaturakên panungkul anak kawula kêkalih, satunggal nama Cingkarabala, satunggalipun nama Balaupata, makatên ugi kawula piyambak, inggih nêdya suwita ing paduka.

Sri Paduka Raja Mahadewa Budha dangu: apa kamulane sira têka ngaturake panungkul, lan kang sajatine ingsun iki dudu bangsanira, têka sira suwitani.

Gopatana mirêng dhawuh makatên wau matur kanthi gumujêng: nata sêsêmbahaning isinipun jagad sadaya, kados botên wontên sipat ingkang botên ngratu dhatêng paduka, lan kula botên kêsamaran bilih paduka punika dewa ngejawantah, mila kula kumacèlu badhe anunggil wontên ing ngriki. Punapa malih tumrap anak kula kêkalih, kados wajib nunggil ing paduka, awit sanadyan danawa, ugi wontên nalurinipun trahing jawata. Mênggah pun Cingkarabala tuwin pun Balaupata punika sayêktosipun patutan saking midadari Dèwi Amatri, putranipun Sang Hyang Triyata. Dados têrang manawi taksih aluraning dewa.

Sri Paduka Raja Mahadewa Budha sarêng uninga warninipun ditya Cingkarabala tuwin Balaupata langkung rêna ing galih, dhawuh pangandikanipun: bocah loro iki pantês dadia pangrêksa pura, lan sira uga Gopatana.

Kalampahan ditya têtiga sami kadadosakên juru rumêksa pura. Wusana sarêng Sri Paduka Raja Mahadewa Budha wangsul dados Hyang Guru, ditya Cingkarabala tuwin Balaupata lêstantun abdhèrèk dhatêng kadewan, sami kadadosakên dewa, kapatah rumêksa kori sela matangkêb. Wontênipun dewa kêkalih wau amêwahi singêring Jonggringsalaka, salaminipun tansah jagi angapit-apit kori, warninipun kêmbar angajrih-ajrihi, dhasar botên uwal amanggul gada bindi.

Kados makatên mênggah kawontênanipun dewa kêkalih wau, kenging dipun wastani dewa kêmbar ingkang tanpa pisah.

--- 940 ---

Kawruh Sawatawis

Pangolahipun Kajêng Taun

Ing jaman samangke ing tanah Jawi ngriki, wana pêpajatosanpajatosan. kantun awis-awis kemawon, tur satunggal-satunggaling wana botên wiyar. Ingkang punika pandugi kula, saya dangu rêginipun kajêng jatos sangsaya awis, labêt saking kiranging kajêng jatos. Kawontênan ingkang kados makatên punika, tamtu andadosakên susahipun sadhèrèk-sadhèrèk ingkang badhe dêdamêlan griya tuwin sanèsipun. Awit badhe ngangge kajêng jatos rêginipun awis, badhe migunakakên kajêng taun tuwas ngêcèh-êcèh wragad. Sabab tumrap kajêng taun, anggènipun botên sagêd dangu, adhakan sangêt katêdha thothor tuwin bubuk. Ananging sarèhning sampun kêpantog, inggih lajêng migunakakên kajêng taun murih botên kêkathahên wragad.

Ing ngajêng kula sampun matur yèn dêdamêlan ngangge kajêng taun punika nama ngêcèh-êcèh wragad, awit botên lami inggih kêdah nyantuni, sabab sampun gapuk utawi katêdha bubuk utawi thothor. Satêngah adamêl kasusahan labêt saking wongsal-wangsul ngêdalakên wragad. Pramila tiyang-tiyang, sami ambudidaya, tuwin ngêmpakakên panyobèn, kangge nanggulangi murih thothor utawi bubuk punika botên doyan dhatêng kajêng taun, ananging wohing pambudidaya tuwin panyobèn, taksih kirang sampurna sangêt. Ananging inggih lumayan dene sanajan kirang sampurna sampun wontên rekanipun. Dene rekanipun makatên:

Kajêng sasampunipun kawangun kasar-kasaran kemawon, lajêng kakum ing blumbang, dangunipun watawis tigang wulan, sagêd nêbihakên wontênipun ama-ama kasêbut nginggil. Nanging inggih botên dangu, namung sawatawis taun kemawon. Wusana kula angsal cêcariyosan kados ing ngandhap punika:

Pratikêl I

Bilih tiyang badhe damêl punapa-punapa ingkang migunakakên kajêng taun, sasampunipun dipun brubuhi, kajêng wau sampun kakêthok rumiyin, kakèndêlna kemawon ngantos kirang 20-30 dintên saking panggarapipun. Yèn sampun dumugi ing titimôngsa punika, pang-pangipun kajêng ingkang botên kenging kangge dandosan sami kakêthok, tabêting kêthokan kadamêl wradin, nuntên dipun tatahi awangun lumpang, têrus kaisenan ing lisah patra manut takêran mêndhêt saking agêng alitipun kajêng, kados ing ngandhap punika:

Garis têngah 15 c.m. mêngandhap, cêkap kaêsokan lisah pangaos ± 2½ sèn, satêlasipun.

garis têngah 16 c.m.-30 c.m. cêkap kaêsokan lisah pangaos ± 5 sèn, satêlasipun.

Dene kajêng ingkang garisipun têngah lakunglangkung. saking samantên, para maos masthinipun sampun sagêd andugi piyambak.

Yèn lisah ingkang wontên ing kajêng wau sampun asat, [a...]

--- 941 ---

[...sat,] kajêng wau lajêng kaukur saking nginggil, panjangipun miturut kanggenipun, nuntên kakêthok lêrês ukuran wau. Tabêting kêthokan inggih kawangun malih kados ing ngajêng, tuwin kaêsokan lisah makatên salajêngipun ngantos kajêngipun têlas sangêthokipun dumugi ing bonggol.

Pratikêl makatên punika namung tumrap kajêng ingkang taksih gêsang, tumrap kajêng ingkang sampun kakêthok tamtu botên sagêd nindakakên, sagêdipun nindakakên bilih kareka kados ing ngandhap punika.

Pratikêl II

Patrapipun mèh sami kalihan pinanggihing panyobèn ingkang sampun kula têrangakên ing ngajêng, namung beda sakêdhik, inggih punika: sasampunipun kajêng kaêkum ing blumbang, toyanipun lajêng karabukan ing godhong ingkang araos pait, tuwin pangêkumipun cêkap sawulan kemawon. Awit saenipun kajêng sampun sami kalihan wohing panyobèn ingkang kaêkum dangunipun sataun.

Pratikêl I tuwin II punika sampun mèh nama sae, nanging para ulah kajêng mêksa dèrèng marêm, awit ambokmanawi patrap makatên punika kadangon, pramila inggih tansah ngothak-athik nalar, tuwin nindakakakên panyobèn, ing pangangkah wohipun sagêda ngungkuli ingkang sampun-sampun.

Pratikêl III

Ing sadèrèngipun damêl balumbangan (tanpa toya) ingkang panjang, wiyar, tuwin lêbêtipun: nyamlêng kaisenan kajêng ingkang badhe kaêkum. Nuntên dhasaring blumbangan kadekekan kapur kandêlipun ± 1 c.m. awradin, lajêng kasiram toya ngangge gêmbor nyêmêk-nyêmêk. Nuntên kajêng ingkang badhe kakum katata ing ngriku, sêsagêd-sagêd kêdah dhèmpèt, nuntên kasawuran kapur malih kandêlipun kados ing ngajêng awradin, têrus kaurug ing siti ingkang rapêt. Makatên wau dangunipun namung: 1 dintên, 1 dalu. Langkung utawi kirang saking samantên botên kenging, sabab bilih langkung saking samantên, kajêng dados gapuk (lodhoh), dene manawi kirang saking samantên kajêngipun kirang prayogi. Wondene sanajan namung sakêdhap, saening kajêng tikêl matikêl tinimbang pratikêl I tuwin II.

Namung samantên pitêdah wau. Wasana sumôngga sami kacobi.

Pun S. Padmasumarta.

Cariyos Kina

Nyai Rara Kidul

Têtiyang ing Jawi Têngah, langkung-langkung têtiyang bawah Surakarta Ngayogyakarta tuwin têtiyang tanah urut sèwu (Bagêlèn) mangilènipun dumugi bawah Cilacap, kathah ingkang pitados dhatêng Nyai Rara Kidul. Nyai Rara Kidul punika criyosipun ngadhaton wontên têlênging sagantên, dados ratuning para lêlêmbat, awit saking punika ing pasisir kidul wêwêngkoning tanah-tanah kasêbut nginggil,

--- 942 ---

kathah panggenan-panggenan kangge mêmule. Saking kandêling gugon tuhon nadyan dèrèng nyipati warninipun Nyai Rara Kidul, nanging kathah tiyang ingkang sami ajrih kêlangkung-langkung. Gotèking sawênèhing tiyang asring nyabuti nyawaning tiyang, inggih punika wontêning pêpêjah kêsrakat dening sêsakit kolerah, cacar lan sasaminipun. Criyosipun yèn makatên punika klêrês pajangan (mantu) pramila mundhuti tiyang kathah kangge bêbau wontên ing èwêd-èwêd wau. Tuwuhing pagêblug sêsakit kolerah, kala 20-nan taun kapêngkêr dilalah cocog kalihan cêcriyosan, inggih punika mèh sabên sapêndhak, pramila wontênipun kojah sabên taun mêsthi kagungan damêl, inggih dipun pitados kemawon. Mila sabên-sabên kagungan damêl mantu punika jalaran putra mantu têmtu botên kiyat dhatêng putra sang rinajaputra, kajawi punika wontên cêcriyosan malih mênggah bangsaning lêlêmbat punika tan kênaning pati, pramila saking kacriyos asring rawuh cangkrama martuwi dhatêng para nata, wontênipun kathah ingkang pitados. Bab sadaya wau sampun mêsthi tumraping têtiyang ingkang cèthèk pamanggihipun, tumrap ingkang sampun jêmbar sêsêrêpanipun tamtu botên badhe ngandêl. Cêcriyosan kados makatên punika tumrap lare kirang prayogi, pramila sampun nyariyosakên bangsaning aèng-aèng wontên ing pangajênganing lare, punika sagêd kêdhasar manahing lare wasana lajêng gadhah manah gugon-tuhon, punika nama kapitunan.

Mênggah ingkang dipun anggêp têdhakanipun Nyai Rara Kidul wau, saking gotèkipun bilih ing awang-awang kêpirêngan swara kumrasak kados jawah. Kawontênan makatên wau ing nginggil inganggêp untabing wadyabala brêkasakan. Mênggah angsal-angsalan panlusur kula swara makatên punika ing sanès pasisiran ugi asring kêmirêngan, sarasilahipun inggih cocog, inggih punika mangsanipun ing wanci dalu, yèn panuju sidhêm, ingkang punika sawêg kêmirêngan. Raos-raosipun swara makatên wau cêtha namung swaraning alun ing têngah-têngah, têbih saking pasisiran, ngumandhang ing ngriku, pramila sagêdipun kêmirêngan namung manawi panuju nyênyêt (sidhêm) wau. Punapa swara ingkang makatên wau ingkang winastan: udan mas tapawèni, jalaran criyosipun jawah nanging wontên ginggil, botên sagêd tumêdhak ing bumi.

Mangsuli kawontênan têdhakan Nyai Rara Kidul saugi ing satunggiling panggenan kêmirêngan swara kados makatên, tumrap ingkang gugon tuhon saking bawaning manah ajrih lajêng sami grawalan mêdal ing jawi, nyandhak sakkêcêpêngipun, wontên kênthong lajêng dipun tabuh, ingkang gadhah lêsung lajêng bendrongan sawênèh namung gêdhèging griya dipun têbahi, sampun tamtu swaranipun pating grablul, pating krênthung lan sasaminipun, punika mamrihipun namung kangge ngajrih-ajrihi pandhèrèk-pandhèrèk, ambokmanawi kandhêg ing margi, punika criyosipun asring ganggu damêl dhatêng tiyang, kados ta: upaminipun wontên lare sakala mêcicil, punika dipun kintên-kintên kêsurupan ing lêlêmbat brêkasakan wau. Jalaran saking makatên tuwuhing têmbung kêsurupan utawi kampiran. Badhe kasambêtan.

Sumadi. Pangarasan.

--- 943 ---

Waosan Lare

Kêtliwêng Barêng

IX. Sang prabu nyobi rasukan.

[Gambuh]

nuli tumandang sêngkut / sapolahe sajak ketok ibut / ora kêndhat tansah angiling-ilingi / manèh sok ketok anjumbul / alok yèn bolahe pêdhot //

tandange Dani mau / kaya gugup disawang sang prabu / mula banjur lèrèn lan umatur lirih / yêktosipun kula gugup / yèn pun priksani kemawon //

sang prabu nuli dhawuh / iya ta wis murih aja ewuh / ingsun arsa angadhaton poma nanging / aja nganti ora rampung / bakal ingsun agêm miyos //

Dani Danu umatur / kula tanggêl tamtu badhe rampung / wise ngono sang prabu ngadhaton nuli / wong loro tumuli sêngkut / kringête nganti gumrobyos //

sapa wonge sing wêruh / mêsthi padha kêpêksa ruh-aruh / dene ketok panggarape ngati-ati / nadyan nyatane mung suwung / sajake padha andêlok //

malah ngakune wêruh / malah ana wong sing aruh-aruh / wah patute klambi sing mangkono kuwi / ya mung pangagêman ratu / dudu klambi sabên uwong //

Dani nalika krungu / banjur nolèh nudingi lan nêpsu / kowe apa dene wani angrasani / tak jlumat tênan lambemu / yèn nganti wani mindho //

iki kagungan ratu / sapa-sapa sing ngrasani kudu / lan andhodhok apa manèh nyêmbah dhisik / nuli andhodhok wong mau / lan tumuli nyêmbah sedhok //

Danu nganti ngêcêmut / saka wêruh Dani ngono iku / dene bisa duwe tindak waton muni / tur sakabèhe mung nurut / kêna digawe dhuk dhuk nong //

Danu takon angguyu / bok ya rada kosuda patrapmu / yèn kabacut bisa uga nêniwasi / awit mungguhing patrapmu / upama kawiyak blandhos //

Dani mangsuli alus / klêsik-klêsik karo ngêlus-êlus / sumurupa mungguh watake wong kuwi / yèn ana sing kêna cinthung / malah gampang dadi ngradon //

watak mangkono mau / aku dhewe uwis kêrêp wêruh / bêbasane undhak kalanturing uni / êmung tansah wuwuh-wuwuh / malah nglawèr ora pêdhot //

upama uwong krungu / ana uwit gêdhang tuntut têlu / sabên uwong sing krungu banjur ngundhaki / kôndha yèn tuntut sapuluh / tur kabèhe padha goroh //

saka gonku wis atul / wataking wong kang mangkono mau / dadi gampang uwong yèn arêp diwalik / dikapak-kapakke nurut / ing wêdine malah ketok //

wis ta ayo malêbu / nyobakake agême sang prabu / Dani Danu nuli malêbu diirid / barêng pariksa sang prabu / banjur digawe wong loro //

apa wis dadi iku / Dani matur: nun dèrèng sênuhun/sinuhun. kaparênga inggih kacobi rumiyin / wise matur Danu [Da...]

--- 944 ---

[...nu] maju / angagêmke alon-alon //

Dani tumuli matur: / kadospundi kaparênga dhawuh / mupung mangke taksih kenging pun ewahi / sang prabu ngebahke bau / karo jôngga menga-mengo //

wise tumuli dhawuh / wis kapenak mung hi iki ing gulu/Lebih satu suku kata: wis kapenak mung iki ing gulu. krasa logro kurang kapenak sathithik / Dani matur lan angguyu / lah sampun tamtu kemawon //

punika jangganipun / kabênikna na na mathuk sampun / karaosna sapunika kadospundi / sang aprabu manthuk-manthuk / lan ngandika: kok iya lo //

srêg bangêt ana gulu / nganti ora kaya ngagêm ingsun / Dani matur: o tamtu kemawon gusti / awit bangsanipun alus / tiyang gêndhêng botên kraos //

sang prabu manthuk-manthuk / nuli mênyang uwong loro dhawuh / karo sajak lukar maringke kulambi / ênya rampungna ya sesuk / matur sandika wong loro //

tumuli padha mundur / ing lakune mung tansah angguyu / tur anggawa ganjaran akèh lan bêcik / ngono wong yèn lagi mumbul / satibane mung anggotong //

tindak mangkono mau / satêmêne angèl yèn ditiru / ditirua trêkadhang malah niwasi / mung sing anggumunke iku / gone bisa tutug katog //

tur sabên wong wis wêruh / satêmêne uwong tukang apus / andèkneya uwong akèh padha ering / mung saka diwalik rêmbug / wêdi yèn dikira gênjlong //

dadi kabacut-bacut / kabèh uwong padha ngaku wêruh / ning upama oraa mangkono kuwi / ing mêsthine iya banjur / ora dadi dongèng elok //

kocap ing wayah bangun / suwaraning tambur wayah esuk / karo slomprèt wis warata ngêndi-êndi / mêmanise ketok mungguh / yèn sang prabu arêp miyos //

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun kitha Batawi tiningalan saking gêgana ing wanci dalu.

--- 945 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Kopêrasi

(Sambêtipun Kajawèn nomêr 58)

Petruk: Saiki tak caritani mungguh gêdhening têtanggungane siji-sijining warga. Kanggone pakumpulan potang tumrap para tani, kang agawe wèt mêsthèkake, yèn ta tanggungane mau ora diwatêsi, nanging dibagi-bagi rata. Sêmono kuwi yèn ing sêtatutêne pancèn ora nyêbutake liyane. Mungguh karêpe kang mangkono kuwi, yèn pakumpulan mau nganti olèh kapitunan, aja kok mung ditanggung para warga sing sugih-sugih bae, nanging kapitunane mau kudu dibagi rata saanterone wargane kabèh.

[Grafik]

Garèng: Iya wis mêsthi bae ta Truk, rak iya ora adil, nèk ana bathine mèlu narik, nanging nèk ana tunane moh katarik. Kiyi rak padha bae karo wong-wong sing padha brandhon utawa pun-punan karo bandar sing main triple. Nèk bandare pancèn lagi jaya, wong-wonge sing padha ambrandhon mau, iya bisa mèlu singsot-singsot, nanging kosok-baline, yèn bandare jê ... blog, kônca-kancane pun-punan mau, iya bisa kalakon tombok kathok.

Petruk: Iya mula mangkono. Nanging ing pakumpulan potang, para wargane kadhangkala sok banjur padha wis sarêmbug, supaya kang dadi têtanggungane mau, ora dipadha, nanging undha-usuk miturut pira kênane olèh utang. Pranatan kiyi kudu disêbutake ana ing sêtatutêne.

Garèng: Mêngko sik, Truk, amrih cêthane, aku tak gawe petungan. Dadi yèn aku ora kaliru mungguhing andharanamu kiyi, upamane apa mangkene: saupama pawitane pakumpulan mau f 500.- urunanaku f 25.- lan olèhku kêna utang kiraku iya mung f 25.- dadi sapra rongpuluhe pawitane pakumpulan. Kèri-kèri gluthêg, êmbuh jalaran kapriye, pakumpulane mau dikrikiti tikus, nganti kakurangan dhuwit kurang luwih f 100.-, ing sarèhning kênaku utang mau mung sapra rongpuluhe pawitane, dadi têtanggunganaku anggone kudu nglironi kêkurangane, iya sapra rongpuluhe f 100.- mau, yaiku f 5.-, apa ya ngono, Truk.

Petruk: Wah, Kang Garèng kok mêtu pêng-pêngane, [pêng-pênga...]

--- 946 ---

[...ne,] sajake têka wis tau jumênêng dadi ajung preyalan. Wis, wis, saiki kêpriye mungguhing pakumpulan kopêrasi tumrap kabutuhan sabên dina. Kuwi têtanggungane para wargane diwatêsi, upamane bae ora luwih saka duwèking andhile.

Garèng: Hla, nèk kaya ngono kuwi aku ngarani iya pancèn wis adil têmênan. Awit sabisa-bisa wong ngêdêgake kumpulan kopêrasi kuwi duwe pamrih undhake pamêtune, ora duwe pamrih undhake anggone bêkênêngan karo nyaine.

Petruk: Lo, kok banjur anggawa-gawa nyaine mêngkono.

Garèng: Kuwi mêngkene, Truk, lumrahe wong Jawa kuwi mlarat, nèk arêp mèlu tuku andhil, biasane sathithik-sathithik iya sok nganggo dilakoni nêkêk gulu utawa ngêncêngake sabuke. Wusana nèk nganti pakumpulane kapitunan, sing anjalari ora ngêmungake andhilku kêcowok, nanging malah tombok suwênge nyaine, apa iya ora bisa nuwuhake pêrang gêdhe sajêroning ngomah kiyi. Nanging bab kiyi ora prêlu dirêmbug dawa-dawa, saiki aku arêp takon, mungguh têtanggungane siji-sijining warga kuwi pira lawase.

Petruk: Ing bab lawase têtanggunganing warga, kang kudu disêbutake ana ing sêtatutên, kuwi mung kèri nurun apa kang wus kacêtha ing pranatan pribumi taun 1927, yaiku: tumrap sabên warga kang mêtu, sajêroning taun pambukonan kang isih dilakoni ladlan. taun pambukonan candhake, têtanggungane isih têrus bae.

Garèng: Mêngko sik, Truk, kowe kok nganggo têmbung: taun pambukonan, kiyi gênahe brêkasakan apa, Truk.

Petruk: Sing diarani taun pambukonan kuwi, yaiku pèngêtan sing nêrangake pungkasaning wêktu ing taun kang lumaku, sing mratelakake karampunganing bab dhuwit olèh-olèhane sajroning wêktu mau. Dene tumindake lumrahe wiwit tanggal 1 Januari tumêkane tanggal 31 Dhesèmbêr.

Garèng: Iya wis, cêtha saikine aku, kajaba sing wis kok caritakake ing ngarêp, apa manèh sing kudu dipacak ana ing sêtatutên.

Petruk: Mlêbu utawa mêtuning warga, kuwi ing sêtatutên kono iya kudu ditêtêpake, mêngkono uga anggone arêp ananjakake dhuwit turahan ing sabên taune. Ing bab pananjaning dhuwit turahan mau, ing pranatan 1927 ana artikêl kang nyêbutake, yèn sathithik-sathithike saprapat saka turahan rêsik, kudu ditanjakake kanggo sadhiyan, kanggo nambêli samôngsa ana kêkurangan.

Garèng: Hla, kiyi aku cocog, lan luwih cocog manèh, upamane sing têlung prapate banjur kanggo nganakake slamêtan, minôngka mèngêti adêging pakumpulan wis ganêp sataun. Ora prêlu nganggo apa-apa, anggêre nganakake tayuban, nyêmbêlèh sapi, ora-orane iya wêdhus ...

Petruk: E, hla kiyi rak arêp ngajak ora omah, sêtun-sêtun sing têlung prapat mau,

--- 947 ---

banjur dicêmplungake nyang pawitane, supaya bisa mèlu dilakokake, jênênge dadi mundhak. Ana kok banjur arêp dianggo ropyan-ropyan. Wis, wis, tak banjurne omongku. Sabanjure banjur ngaturake pranatan ing bab panitipriksaning pakumpulan. Pranatan iki kudu disayogyani dening tuwan adpisur, utawa priyayi liyane, kang dipatah angulat-ulatake pakumpulan kopêrasi. Nanging pranatan paniti priksa kiyi ora kêna dilêbokake ing sêtatutên, ngêmungna disêbutake ana ing layang soroganing layang tôndha adêging pakumpulan. Prêlune supaya sabên-sabên aja tansah kapêksa ngowahi sêtatutêne, yèn arêp nêtêpake wong anyar kang kapatah anitipriksa mau, jalaran kang lawas lèrèn sabab mati, utawa sabab ora kaconggah nindakake panitipriksane.

Garèng: Kandhamu kang wis-wis nganti pirang-pirang dina lawase kiyi aku iya wis ngrêti kabèh, ewadene aku mêksa isih samar, yèn layang panuwunanaku, kang dikanthèni 2 x f 1,50 mau banjur di: apêkir, mêsthine têlung rupiyahku mau, iya banjur: têrbang kêmanah-manah.

Petruk: Wiyah kok banjur ngroncong. Ora, Rèng, amrih aja ambuwang-buwang sègêl, luwih bêcik ngengrengane layang tôndha adêging pakumpulan, apadene pranataning panitipriksa kuwi dicaosake mênyang tuwan apisuradpisur. dhisik, dene nèk wis dimupakati dening tuwan adpisur, lagi ditulis ana ing sègêl, lan diaturake manèh marang tuwan adpisur, supaya bisane olèh rèhpêrsun pribumi. Kaya-kaya wis cukup anggone padha rêmbugan ing bab kopêrasi, saiki padha dilèrèni, liya dina padha rêmbugan bab liyane manèh.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar kawontênanipun tanah parêdèn ing kitha Pordhêkok.

--- 948 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana sampun sênggang.

Kawratosakên, ing dintên Rêbo kapêngkêr Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana anggènipun gêrah sampun sênggang, ing dintên wau jam sadasa sampun miyos saking griya sakit.

Lulus iksamên ing pamulangan luhur nagari Walandi.

Lulus saking pamulangan luhur pangadilan ing Lèidhên, Radèn Sujana, tuwin lulus angsal sêsêbutan Arts saking pamulangan luhur ing Amsêtêrdham R.S. Adibrata, asli saking Purwakêrta.

Pagêblug malariah.

Kawartosakên, ing wêkdal punika ing bawah ondêr dhistrik Wêdhi tuwin Gantiwarna, Kabupatèn Kalathèn, tuwin bawah ondêr dhistrik Plupuh, Mari, Kabupatèn Sragèn, sami katêmpuh sêsakit malariah, kathah ingkang sami sangêt. Pakaryan kasarasan ananggulangi bab punika, tablèt kênini ingkang kaêdum-êdumakên sampun têlas sayuta. Dr. Kern pangagênging pakaryan kasarasan, tansah dhatêng nitipriksa.

Pasang banon gêdhong kabangsan, ingkang sakawit ing Surabaya.

Ing tanggal 13 wulan punika, banon gêdhong kabangsan, ingkang sakawit ing Surabaya sampun kalampahan kapasang, manggèn ing Bubutan. Ing sadèrèngipun pasang banon, mawi kawontênakên wêdharan sabda, ingkang dipun purwani dening Dr. Sutama, gêgêntosan kalihan sanès-sanèsipun. Wontênipun tiyang ingkang dhatêng ngantos ewon. Wontên lare tiga umur antawisipun 6-8 taun minggah dhatêng podhium, andarmakakên kroncongipun dhatêng pakêmpalan. Pulisi nyêngkakakên supados tumuntên nindakakên prêlunipun, awit rakyat sêlak botên kuwawi.

Pamulangan Pergoeroean Rajat.

Pamulangan P.R. ing Gang Kênari, Batawi, ingkang dipun pangagêngi dening Mr. Nazif tuwin Mononuto, badhe mèngêti adêgipun pamulangan wau sampun sataun. Kawontênanipun têtiyang ingkang sinau kathah. Ing sawatawis wulan kapêngkêr katingal mundur, nanging ing sapunika majêng malih.

Bab bayi-bayi ingkang sami tiwas ing kabudidayan tanah Sumatra.

Atas namaning Vereeniging voor Vrouwenkiesrecht, Nyonyah S. van Overveldt-Biekart, pitakèn dhatêng Ver. Van Rubberplanters ing Sumatra pasisir wetan, tuwin dhatêng Deli Planters Vereeniging, ing bab wontêning bayi tiwas ing ngriku gunggungipun ngantos 9%, punapa ing ngriku kenging dipun dèkèki dhoktêr èstri, supados nênuntun bab pangupakaranipun bayi.

Bab wau dipun wangsuli dening A.V.R.O.S. bilih sapunika dèrèng prêlu ngawontênakên, nanging rêmbag bab wau dipun wigatosakên sangêt ing tiyang kathah.

Tampi gambaran bintang.

Tuwan Tawikrama, bêkêl ing dhusun Likasan, tampi bintang salaka alit saking parentah. Katarimah saking lêlabêtanipun ing nalika wontên bêbaya ing rêdi Telamaya.

Sêtudhèn Jêpan dumugi Indhonesiah.

Kapal Jêpan Batavia Maru sampun dumugi ing Surabaya, dipun tumpaki propesor Jêpan Hayashi Trunekichi kanthi sêtudhèn pamulangan dagang luhur ing Pormosah 12. Dhatêngipun ing ngriki prêlu nyinau prakawis padagangan, ingkang badhe dipun dhatêngi ing Surabaya, Sêmarang, Batawi, Bandhung, Garut, Ngayogya tuwin Surakarta.

Kamajêngan pangajaran ing Palembang.

Kawontênanipun pangajaran ing Palembang katingal saya majêng. Kala tanggal 13 ngawontênakên parêpatan umum, ngrêmbag bab dhêdhasaring pangajaran, saha lajêng prêlu badhe ngaturi Ki Ajar Dewantara, badhe kasuwun panimbang ing bab paguron kabangsan.

Bandera jêne.

Jalaran ing Cirêbon tuwuh sêsakit nular, ing palabuhan amanjêr bandera jêne, kangge nyasmitani baita-baita ingkang labuh ing Cirêbon.

Munduring panggaotan, anjalari kathah tiyang nganggur.

Jalaran kawontênanipun padagangan srutu wêdalan Magêlang sangêt kêndhonipun, wontên ingkang lajêng ngèndêli panggaotanipun babarpisan. Ingkang punika lajêng kathah bêbau tukang nglinting srutu ingkang kêpêksa nganggur. Bilih panggaotan wau kalajêng-lajêng makatên, tamtu adamêl kasusahanipun tiyang kathah.

Griya sakit leprah ing Palembang.

Ing Kundhur, sacêlakipun Palembang, kalampahan sampun ambikak griya sakit leprah kanthi pasamuwan. Dipun jênêngi ing burgêrmistêr Palembang, asistèn residhèn, komêndhan bala kaslamêtan, tuwin dhirêktur griya sakit wau. Panggenan wau dipun sadhiyani panggenan cêkap kangge tiyang 22 jodho (jalêr èstri).

Sêsakit tipês ing Cirêbon.

Bab wontênipun sêsakit tipês ing Cirêbon, mirid pratelanipun Dr. De Bruyn Kops botên jalaran saking toya lèidhêng, [lè...]

--- 949 ---

[...idhêng,] lan ugi botên saking ès utawi limunadhê, awit sadaya wau sampun sami dipun pariksa ing para ahli. Manawi kakintên saking lalêr, ugi botên, amargi ing wêkdal punika botên wontên lalêr. Dene mênggahing pangintên tuwuh saking têtêdhan ing margi-margi utawi saking balêdug.

Nglajêngakên dhatêng pamulangan militèr luhur ing nagari Walandi.

Kala dintên Rêbo kapêngkêr wontên para neneman 13 ingkang sami nglajêngakên dhatêng Koninklijke Militaire Academie ing Breda. Kajawi bôngsa Walandi, wontên bôngsa Tionghwa nama Tuwan Tjie Kim Tjoan asli saking Surakarta, tuwin bôngsa Ambon satunggal, nama Tuwan W.P.A. Nanlohy. Tumrap bôngsa jawi botên wontên.

Karisakan jalaran hawa asrêp.

Kala malêm Minggu ingkang kapêngkêr, hawanipun ing tanah Priyangan asrêp sangêt, toya-toya ingkang ngêmbêng ngantos dados kênthêl, saya tumrap kabudidayan sanginggilipun Pêngalengan. Ing kabudidayan Talun wontên kêbon 72 hèktarê, sami karisakan, jalaran saking asrêp.

Neutrale H.I.S. Siladêrma ing Klungkung.

Ing Bali ugi saya majêng, kala tanggal 10 wulan punika ing Klungkung sampun kalampahan ambikak H.I.S. netral, ingkang dipun namakakên: Siladêrma. Bôngsa Walandi ingkang anjênêngi wontên 40 kalêbêt tuwan residhèn, Tuwan Beeumkes mêdhar sabda: anglairakên suka sukuring panggalih ing bab kamajêngan punika.

Asiah.

Tumindaking pêpêrangan ing Tiongkok.

Syanghai 15 Juli (K.P.). Ing Lunghairilwe wadya mêngsah campuh ambêg pêjah kalihan wadya parentah. Ciang Kai Sèk piyambak anindhihi wontên ing Liu Ho. Nanging wadya parentah ing Wèisin manggih karisakan.

Sir Baden Powell badhe ngajawi.

Wontên pawartos, panuntun pad pindêrbon tampi sêrat saking Sir Baden Powell sêsêpuhing padpindêr sadonya, mratèkakênmratelakakên. anggènipun kapengin badhe dhatêng tanah Jawi, tuwin badhe nyatakakên piyambak ing bab kamajênganipun padpindêr ing ngriki. Kajawi punika Sir Baden Powell ngintuni ulêm-ulêman, supados padpindêr bon ing Indhonesiah andhanganana kintunan wêwakilipun dhatêng Jamboree benjing 1933. Kalih bab wau sapunika sawêg dipun timbang dening up bêstir.

Ajênging wadya parentah dhatêng Cinan.

Syanghai 16 Juli (Aneta-Nipa). Kawartosakên gumathok, bilih wadya parentah ing ngajêng, ingkang kapetang wadyanipun, Han Puci, sampun majêng Urukiyaoco Cinan Rilwe, kintên-kintên ngantos wontên 10 mil sawetan Cinan, susulan wadya tansah lumintu, prêlu kangge sadhiyan ngrêbat wangsulipun Cinan. Gêgayutanipun kalihan bab punika, wadya parentah ing Tinsin Puko Rilwe ugi majêng, saha lampahipun sampun dumugi antawis 30 mil saking Cinan kidul.

Ungguling wadya parentah ing Santung, atêgês ungguling paprangan ing Honan lèr wetan, wadya wau dipun tindhihi dening Syang Kai Sèk piyambak, nanging ngrika-ngriki ugi sami karisakan agêng.

Tindaking parentah kalihan golongan lèr.

Syanghai 16 Juli (K.P.). Syang Kai Sèk andhawuhakên waradin dhatêng têtiyang ing paprangan, ing bab anggènipun ngalêmpakakên wadya saking Upèh, Hunan, Kiyangsu, Kiyangsi tuwin Kuwantung. Badhe ngalêmpak ing salêbêtipun 20 dintên. Manawi sampun kalampahan ngalêmpak, badhe nêmpuh sêsarêngan.

Ing bab punika, Syang Kai Sèk dhawuh, supados ing salêbêtipun wulan punika wadya-wadya ing propènsi anataa pajagèn kemawon ingkang ngatos-atos tuwin kiyat.

Ura-uru bab agami.

Bombai 16 Juli (Aneta-Nipa). Ura-uru agami ing Mymen Singh pinanggih wontên tiyang Indhu 15 dipun pêjahi dening tiyang Islam, lan têtiyang wau ugi nyêpêngi têtiyang èstri. Pulisi sampun ngoyak-oyak ingkang dados pangajêng tuwin sampun sagêd nyêpêng tiyang 53.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 1312 ing Karangtalun, f 3 sampun kula tampi. Wontên langkungipun f 0.50 tumrap taun punika.

Lêngganan nomêr 1293 ing Nganjuk. Mila inggih makatên.

Agèn nomêr 3182 ing Kêbumèn, Tuwan M. Maseh K. 1745 lakar sampun dipun sêtop, awit nunggak bayaran tumrap wulan Mèi salajêngipun.

Wara-wara

Ngaturi uninga dhatêng para priyantun lêngganan enggal, sintên ingkang botên nampi Kajawèn nomêr 54-55 saha 56- anggènipun lêngganan sami kapetang wiwit tanggal 1 Ogustus 1930.

--- 950 ---

Wêwaosan

Sintên ingkang Wajib Kantun

11.

Jongos: O, bab makatên punika bandara, panjênêngan kêdah ngèngêti bilih pangabdi kula dhatêng panjênêngan sampun dangu, kenging dipun wastani wiwit sangkaning sinyo ngantos dumugi dados tuwan, tamtunipun kula sampun kulina sangêt dhatêng panggalihan panjênêngan, malah kenging dipun wastani sumêrêp kalebat kajênging pasêmon.

Tuwan Harwey: Wis, wis, kowe anggêr tak jak kandhan banjur nglawèr ora ana pêdhot-pêdhote. Aku tak kôndha rungokna. Anane aku katon susah, kuwi pancèn iya têmênan. Dene jalarane, ora liya iya mung saka anggonku grêjêgan karo Tuwan Johnson.

Jongos: Lo, punapanipun. Ing bab grêjêg rak nama sampun rampung, la, lajêng badhe ngraosakên punapanipun malih, awit mênggah caraning kasukan, panjênêngan sampun ngasut.

Harwey: Bênêr jongos, nanging kowe sumurupa, unggulku mau, mungguh saka panêmuku mung saka tindak paekan bae, dadi upamane jago ora jênêng tarung têmênan. Dene tindak paekan mau, ora disumurupi ing Tuwan Johnson babarpisan.

Jongos: pundi ingkang dipun wastani paekan.

Harwey: Mangkene, jongos. Sakawit atiku iya samar têmênan nalika sumurup ula kang mèlèt-mèlèt. Nanging barêng kokandhani, yèn ulane ora mandi, atiku banjur têtêg bae. Kuwi apa ora aran paekan, utawa ora aran tindak cidra.

Jongos: Adhuh, bandaraku sing lêngkung-lêngkung, tak aranana busuk, nyatane langkung, tak aranana ngrêtos, têmêne durung, hêm, yèn tak rasakna nganti bingung. Ha ha hak. Ngantos gumujêng kula.

Tuwan Harwey nyêntak: Mênêng, têka banjur galur.

Jongos: Sarèh, bandara sarèh. O, tujunipun panjênêngan botên mangrêtos yêktos, têrangipun panjênêngan punika rak kula apusi. O, bandara, sawêr kala anu punika sawêr mandi sangêt, paribasanipun tiyang kenging dipun ambus kemawon tamtu pêjah ngênggèn. Wontênipun kala samantên kula matur botên mandi, namung supados panggalih panjênêngan têtêg. Dene ingkang nyata mangrêtos, bilih sawêr wau mandi Tuwan Johnson, mila lajêng gundam-gundam.

Tuwan Harwey sarêng mirêng cariyosipun jongos ingkang makatên wau lajêng ngrangkul tuwin wicantên: O, tujune ana kowe, jongos. Dadi kowe kuwi kêna tak arani wong kang sêtya mênyang bandara têmênan, lan nyata yèn kowe iku wong kang ngrewang-ngrewangi santosane adêging kabudidayanku. Bangêt panarimaku, jongos. Wis, saiki atiku wis marêm.

Jongos: Mila panjênêngan kêdah ngèngêti suraosing wulangipun tiyang sêpuh, ingkang ungêlipun makatên:

Samubarang kang katon kuwe, mêsthi ana ala bêcike, nanging mungguh bênêr-bênêre, kabèh kudu dinyatakake.

Sumurupa sabarang laku, bênêr luput wong kudu ngaku, awit nadyan rêmpit tindakmu, tansah krasa ing batin ngaku.

Kaanan kang gumêlar donya, kabèh cêtha kalawan nyata, yèn ta nganti kaentha-entha, panganggêpmu kang nyata onya.

Tinêmune rina lan wêngi, sabên uwong tansah ngênggoni, dene bungah susahing ati, sabên uwong ya anduwèni.

Yèn kalane nêmoni susah, bab rasaning bungah kêpisah, adhakane mung tansah ngêsah, ing lair lan batine bubrah.

Mung yèn bungah adhakan lali, bab susahe ana ing ngêndi, uwong lumuh yèn anggolèki, mula gampang nêmu bilai.

Sampun cêkap yèn kula ngidung, kenging kangge ngimur kêduwung, nama namung tarimah lowung, dongèngipun ing mangke rampung.

Tuwan Harwey mirêng anggènipun rêngêng-rêngêng jongos makatên wau, kêtingal bingah ing manah. Ing wusana wiwit punika panggaotanipun Tuwan Harwey lajêng saya mumbul, ing salajêngipun kasêmbadan, dados milionèr yêktos. Tamat.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 60, 28 Sapar Taun Jimawal 1861, 26 Juli 1930, Taun V.

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [951] ---

Ôngka 60, 28 Sapar Taun Jimawal 1861, 26 Juli 1930, Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Ngobrol ing Dintên Sabtu

Sêtudhiklêb tuwin Gêdhong Nasional

Miturut kawontênanipun piwulang Jawi, satunggiling nata punika utaminipun kêdah kagungan ambêg: adil, kanthi paramarta. Mênggah pikajênganipun adil, punika botên pilih sih, têgêsipun: botên mawi ambedak-bedakakên kawula, santana utawi putra. Dados saupami wontên dhawahing ganjaran utawi ukuman, punika ugi kêdah dipun tindakakên punapa salêrêsipun. Dene paramarta, punika têgêsipun: angasrêpi utawi angayêmi dhatêng para kawula sadaya. Kajawi punika ugi anggadhahi têgês: wêlas asih sarta asipat pangapuntên.

Tumraping nata, adil punika pancèn inggih prêlu sangêt, awit ing satunggiling nagari, manawi ingkang jumênêng nata kirang adilipun, ing ngriku têmtu tansah tuwuh rubeda warni-warni. Mênggah conto-contonipun, ing sêrat-sêrat babad pundi kemawon, kados inggih asring nyariyosakên. Kados ta: nalika jaman Kumpêni, kala ingkang jumênêng nata ing Kartasura panjênênganipun Prabu Amangkurat, punika tuwuhipun kraman Trunajaya, inggih jalaran saking kirang adilipun sang nata, mênggahing babad nagari Walandi, kalanipun kawula Walandi taksih dados kukubanipun bôngsa Sêpanyul, tuwuhipun pêrang Walandi kalihan Sêpanyul ngantos 80 taun laminipun, punika ugi jalaran saking kirang adilipun ingkang jumênêng nata ing wêkdal punika, inggih punika Sang Prabu Filips, makatên ugi tuwuhipun republik-republik: Amerikah, Tiongkok, Parangakik, lan sanès-sanèsipun, punika ugi jalaran saking kirang adilipun ingkang angêmbat praja. Tumraping nata mila inggih angèl sangêt, anggènipun sagêd nindakakên adilipun wau, kanthi punapa mêsthinipun. Awit sampun têmtu, yèn sang nata wau kêdah botên kenging ambedam-bedakakênambedak-bedakakên. satunggal lan satunggaling kawula, kêdah jêmbar panggalihanipun, kêdah sagêd nimbang kanthi yêktosan lan sasaminipun, dados inggih botên kenging manawi lajêng kados watakipun sawênèhing tiyang sêpuh, dupèh dipun waduli anakipun, yèn dipun pandêliki utawi dipun jêmbèwèki tangganipun, tanpa dipun manah malih, ujug-ujug lajêng nyalikakênnyilakakên. lêngêning rasukanipun, sumêdya nglabrag tiyang ingkang mandêliki utawi amjêmbèwèki anakipun wau.

Ing nginggil sampun kula aturakên, bilih adil punika kêdah dipun kanthèni ambêg paramarta, murih sagêd sampurnanipun. Mênggahing nata pancèn inggih kirang utami, manawi adilipun botên kakanthenan ambêg paramarta, awit sanadyan satunggiling nata punika agêng wêwênangipun utawi panguwasanipun, nanging rak inggih nama manusa ugi, dados inggih kagadhuhan watak kasupèn tuwin kalimput, amila manawi botên kagungan ambêg paramarta, têmtunipun inggih botên sagêd dipun trêsnani ing para kawulanipun sadaya, awit panjênêngan [pa...]

--- 952 ---

[...njênêngan] nata wau, lajêng botên kagungan wêlas asih, botên agêng pangapuranipun, tuwin botên sagêd angasrêpi utawi angayêmi dhatêng para kawulanipun. Upaminipun kemawon makatên:

Ing ngajêng sampun kula aturakên, satunggiling nata punika ing sarèhning ugi sipat manusa, ugi kagadhuhan watak supenan tuwiptuwin. kalimput, amila manawi wontên wêwaduling santananipun, bilih wontên kawula murang sarak upaminipun, kados inggih botên kenging kapaibên, manawi sang nata ujug-ujug andhawahakên paukuman dhatêng têtiyang ingkang kadakwa murang sarak wau. Nanging satunggiling nata ingkang kagungan ambêg paramarta, manawi ing têmbe lajêng anguningani, bilih pandakwaning santananipun wau wontên nalisipipun, têtiyang wau têmtunipun inggih botên lajêng lêstantun kaêtrapan ing paukuman, nanging lajêng ambudidaya nindakakên kadospundi adilipun.

[Grafik]

Margi ingkang anjog ing pasamuwan.

Amila sampun dados wajib kula sadaya, ngaturakên gênging panuwun dhatêng ingkang wajib, dene ingkang wajib angaosi dhatêng padamêlanipun pakêmpalan-pakêmpalaning têtiyang pribumi, ingkang ancasipun ngudi dhatêng kamajênganing têtiyang tuwin nagari wutah rahipun, kados ingkang kacêtha wontên ing sêrat pawartos saking parentah, ing prakawis-prakawis sawatawis ing bab kaprêluan umum. Ing ngriku parentah ngatingalakên, bilih sayêktos kagungan ambêg adil paramarta. Awit manawi nitik agênging rubeda ingkang tansah ngalang-alangi tindakipun pakêmpalan-pakêmpalan wau, kenging dipun wastani mokal, yèn pakêmpalan-pakêmpalan wau sagêd lêstantun gêsangipun. Punapa malih rubeda-rubeda ingkang tuwuh saking para ingkang botên rêmên dhatêng kamajênganing bôngsa pribumi, punika tansah botên kêndhat anggènipun ngupados pambudidaya anylerongi namaning pakêmpalan-pakêmpalan wau, ibaratipun: sawênèh wontên ingkang anylerongi, sanadyan mawi pupur, nanging pupur saking ... ênjêt, dados raosipun bêntèr, wontên malih ingkang lajêng mupuri, nanging mawi ... têmbêlèk, tur ... lancung. Dados ambêtipun inggih lajêng ... lêthêng. Mênggah pikajêngipun atur kula ing ngajêng punika, bilih cara-caranipun para ingkang sami botên rêmên dhatêng ajênging têtiyang pribumi anggèning badhe ngêndhakakên pakêmpalan-pakêmpalanipun, punika sarana margi warni-warni, wontên ingkang: blag-blagan, sarana lampah salingkuh utawi pitnah. Malah miturut pangandikanipun Radèn Sutama, nalika mêdhar sabda nyarêngi pasang banon ingkang kapisan kangge gêdhong nasional, dalasan bangsanipun piyambak kemawon, inggih mêksa wontên ingkang ngalang-alangi tumindakipun pakêmpalan-pakêmpalan ingkang ngudi dhatêng kamulyaning bangsanipun wau. Kintên kula, têtiyang ingkang makatên punika, sanadyan sami bangsanipun piyambak, bokmanawi sami bôngsa ... Landi gadhungan. Murih dipun akêna saèstu dening bôngsa Walandi, kakintên marginipun ingkang utami piyambak, botên wontên sanès kajawi ... mêmisuh tuwin ngawon-awon dhatêng bangsanipun wau. Rahayunipun pamarentah anggènipun nindakakên pangawasa kanthi lêrêsing kawicaksanan, mila inggih têtêp panggah lêmpêng adilipun botên botsih, têgêsipun ancas tuwin lampahing pakêmpalan-pakêmpalanipun bôngsa pribumi, ingkang pancèn tumuju dhatêng kamajêngan saha sae panindakipun inggih tampi pangalêmbana, tuwin dipun sayogyani, kados ingkang kasbut ing sêrat pawartos parentah ing prakawis-prakawis sawatawis tumrap kaprêluaning umum, inggih punika: pakêmpalan Muhamadiyah, Budi Utama, Pasundhan, Taman Siswa, Sêtudhiklêb, lan sapanunggilanipun. Dene ingkang pancèn murang tata sarta badhe adamêl ruharaning praja, inggih lajêng dipun sirêp kanthi parimarma murih sae kadadosanipun ing têmbe wingking.

Gêgayutan kalihan wontênipun pahargyan amèngêti adêging pakêmpalan Sêtudhiklêb ing Surabaya jangkêp 6 taun dèrèng dangu punika, ing ngriki botên badhe ngrêmbag kawontênanipun pakêmpalan-pakêmpalan sanèsipun, ngêmungakên badhe adamêl wawasan sakêdhik wontênipun pahargyan wau, ingkang anelakakên, bilih pandakwaning bôngsa sanès, bilih têtiyang Jawi, botên rukun, botên rêmên dhatêng driyah, botên rêmên têtulung dhatêng sasamining agêsang tuwin sasaminipun, punika botên mêsthi lêrêsipun, mênggah têrangipun kados ing ngandhap punika:

Nalika tanggal 13/14 Juli ingkang kapêngkêr punika, kados ingkang sampun kacariyosakên ing ngajêng, Sêtudhiklêb ngawontênakên pahargyan minôngka mèngêti adêging pakêmpalan sampun jangkêp 6 taun. Kala samantên ingkang anjênêngi pahargyan wau kirang langkung wontên tyang 5000, botên ngêmungakên têtiyang saking Surabaya kemawon, nanging ugi kathah têtiyang saking sanès-sanès panggenan. Ing ngriku panjênênganipun Radèn Sutama amêdhar sabda mèngêti lêlabêtanipun para panuntuning pakêmpalan P.N.I. sarta anyagahi nglingsir padamêlanipun pakêmpalan wau, ingkang pancèn murakabi dhatêng bangsanipun. Salajêngipun mèngêti padamêlanipun Sêtudhiklêb ing salêbêtipun 6 taun punika, kados ta: adêging bang kabangsan, griya pondhokan têtiyang èstri, dèrèng dangu punika ngawontênakên pasar [pa...]

--- 953 ---

[...sar] malêm, ingkang angsal-angsalanipun anêngsêmakên sayêktos. Tuwin enjingipun badhe masang banon ingkang kapisanan tumrap adêging gêdhong kabangsan. Ing ngriku panjênênganipun Radèn Sutama ugi anêrangakên, bilih ing salêbêtipun 10 dintên, punika prasasat jawah arta, inggih punika driyahing tiyang minôngka kangge waragadipun ngêdêgakên gêdhong kabangsan wau. Salêbêtipun 10 dintên punika, klêmpaking arta driyah wontên f 1500.- dados f 150.- ing dalêm sadintênipun. Sarampunging sêsorahipun Radèn Sutama, lajêng pintên-pintên panuntun tuwin para wêwakiling pakêmpalan sami gêntos amêdhar sabda.

[Grafik]

Dhoktêr Sutama anglairakên suka bingahing manah dhatêng sawênèhing wêwakil pakêmpalan ingkang mêdhar sabda.

Enjingipun jam 9 pahargyan dipun lajêngakên, inggih punika, pamasangipun banon ingkang kapisanan tumrap adêging gêdhong kabangsan. Pahargyan punika dipun jênêngi dening tiyang kirang langkung cacahipun 10000, ing kala punika ugi dipun wontênakên sêsorah dening pintên-pintên panuntun. Malah wontên juru sêsorah ingkang saklangkung nênarik manahipun tiyang kathah, inggih punika lare èstri ingkang dèrèng umur 10 taun. Ing ngriku lare wau masrahakên satunggiling cethok perak, ingkang dening tiyang sêpuhipun dipun damêl saking gêlang sukunipun. Ewasamantên lare wau anêrangakên, bilih botên pisan-pisan angraos eman kecalan kroncongipun, awit sampun nyumêrêpi, manawi punika kangge kaprêluanipun kabangsan, kajawi punika wontên ingkang driyah linggis salaka tuwin arta. Malah wontên ingkang driyah arta saking Bangil, Sidaarja tuwin Nganjuk.

Sasampunipun kawaosakên donga, lajêng dipun wontênakên kêndurèn. Jam 12 siyang pahargyan wau bibaran.

Para maos, kados sampun cêkap obrolan kula ing dintên punika, mugi-mugi manawi wontên têtêmbungan ingkang botên anyênêngakên, krêsaa paring gênging pangaksama dhatêng

Pun S.m.t.

Bab Ringgit

Prabu Pakukuhan

Prabu Pakukuhan punika putranipun Sang Hyang Rudra nalika ngejawantah ajêjuluk Sri Maharajadewa Esa, ing Gilingaya. Nanging nalika jumênêngipun nata Sri Maharajadewa Esa wau, Prabu Pakukuhan arêraton piyambak, saha wusananipun angadhaton wontên ing Purwacarita, lajêng jêjuluk Prabu Srimaha Punggung.

Saya dangu nagari Purwacarita saya misuwur, satêmah damêl kuwatosipun Sri Maharajadewa Esa, wusana lajêng utusan anglurugi. Nanging sajatosipun Sri Maharajadesa Esa piyambak katambêtan, botên uninga bilih ingkang dipun lurugi punika putra piyambak.

Wadya utusan saking Gilingaya lajêng campuh pêrang

--- 954 ---

kalihan wadya Purwacarita, nanging wadya ing Gilingaya tansah kasoran kemawon, malah wontên nata têtindhih ingkang tiwas, nanging ugi wontên ingkang nungkul, awit sumêrêp manawi ingkang jumênêng nata ing Purwacarita punika putranipun Sri Maharajadewa Esa piyambak.

Sri Maharajadewa Esa sarêng uninga tiwasing utusan, sakalangkung duka, lajêng karêpangkarsa. anêdhaki piyambak, para wadya kêbut andhèrèk sadaya.

Nanging sadumuginipun Purwacarita, Prabu Sri Maha Punggung sawadya balanipun, botên amapag pêrang, malah sami mêthuk angaturakên sêsêgah kados tatanipun mêngsah nungkul. Ing ngriku Sri Maharajadewa Esa sarêng uninga botên kasamaran, bilih ingkang mêngsah wau putra piyambak, sangêt lingsêm ing galih, wusana lajêng muksa.

[Grafik]

Prabu Pakukuhan.

Samuksanipun ingkang rama, Prabu Sri Maha Punggung lajêng jumênêng nata binathara, ajêjuluk Sri Maharaja Kano. Mênggah Sri Maharaja Kano punika sajatosipun inggih titising Wisnu, katitik nalika taksih jêjuluk Prabu Sri Maha Punggung nate tiwikrama awarni sajatining Wisnu murti.

Kacariyos sajumênêngipun nata binathara Sri Maharaja Kano, karawuhan Hyang Naradha amaringakên wiji warni-warni, kadhawuhan maradinakên wontên ing marcapada, kalampahan ugi katanêm sadaya, anyarêngi kalamangsanipun, ing ngriku wontên ama warni-warni sami dhatêng angrisak sawarnining têtanêman, ama wau sami anakipun Puthut Jantaka. Nanging wusananipun inggih sami sirna.

Kacariyos Sri Maharaja kano kecalan putra putri nama Dèwi Srigati dipun dhustha ing nata danawa, nanging lajêng dipun panggihakên dening Radèn Sêngkan.

Wiwit punika Sri Maharaja Kano lajêng kêdunungan panggalih angkara, tansah anglurugi para danawa, malah sanadyan pandhita danawa pisan, ingkang botên nandhang dosa, inggih dipun pêjahi, wusana Sang Hyang Wisnu lajêng oncat saking Sri Maharaja Kano, samuksanipun Hyang Wisnu saking Sri Maharaja Kano, para brahmana, ingkang sajatinipun para dewa, ugi sami muksa.

Sri Maharaja Kano lajêng saya mungkar ing galih, lajêng mêjahi pandhita Prakampa ing rêdi Batuwara, kalampahan sang pandhita muksa, mawi tilar swara makatên: he. Tukang murang tata, siya marang wong tanpa dosa, sira mêsthi nêmu piwalês. Satêlasing swara, lajêng tinampèn gêtêr patêr, rêdi sami jumêgur gêgêntosan, wusana lajêng wontên bêna agêng angêlêbi pundi-pundi, bala Purwacarita ingkang andhèrèk Sri Maharaja Kano sami tumpês sadaya, kabalabak [kaba...]

--- 955 ---

[...labak] ing toya, Sri Maharaja Kano muksa dados jawata malih.

Tumrapipun wontên ing padhalangan, bab Prabu Pakukuhan punika kalêbêt lampahan amikukuhan, mênggah jêjêring lêlampahan nyariyosakên Prabu Pakukuhan (limrahipun dipun sêbut Prabu Drêma Mikukuhan), karawuhan Hyang Naradha maringakên wiji warni-warni. Kalampahan wiji sampun katanêm sadaya. Nanging lajêng kadhatêngan ama warni-warni asli sami anakipun Puthut Jantaka.

Dhatênging ama wau ingkang anjalari tuwuhing papranganipun wadya Purwacarita kalihan ama, wadya Purwacarita ngantos kawêkèn, wusana ngantos pados saraya dhatêng dhusun Jadhapan,Dhadhapan. padhepokanipun Bagawan Kandha, kalampahan sagêd angsal damêl, dipun bêktani putra kêkalih nama Radèn Sêngkan tuwin Radèn Turunnaga,Turunan. kanthi siswa kêkalih nama Wiyungyang tuwin Côndramawa. Kalampahan ama sagêd sirna sadaya.

Sasirnaning ama, nagari Purwacarita lajêng têntrêm.

Cariyos Kina

Nyai Rara Kidul

Sambêtipun Kajawèn nomêr 59

Gègèr-gègèr wau sampun têmtu enggal kêmirêngan ing amônca dhusun lan ugi lajêng mangrêtos, pramila inggih lajêng tumut-tumut, awit saking punika, dados orêging têtiyang sanagari. Lare-lare ingkang sami tilêm dipun gugahi, saking kagèt tanginipun lajêng kathah ingkang ambeka, adatipun lajêng sami nangis, sawênèh ajrih lan miris saking giyuhing jawi utawi saking bêngoking tiyang: ana lampor. Têmbung lampor punika namung kêlimrah ing Surakarta tuwin Ngayogyakarta. Saking pandugi kula, tuwuhing pangaran makatên punika, saking wontêning têtiyang pating brêngok ngalèr ngidul lan kathah ingkang pating kracung nyêpêng obor, punika kawontênaning brêkasakan, inggih punika: kècu, koyok sasaminipun, pramila wontên têmbung: ambok sing sarèh, têka pating gêdandap kaya lampor. Obor wau kangge suluhing panggenan ingkang sintru-sintru kacriyos brêkasakan punika inggih ajrih ing latu.

Mangsuli têmbung lampor, punika tumrap têtiyang tanah urut sèwu botên mangrêtos, mênggahing ngriku limrahipun winastan: tundhan. Wontênipun makatên punika ugi wontên kojahipun. Rumiyin ing kinanipun ing satunggiling dalu ugi kalêrês upyêk-upyêkan kados kacriyos ing ngajêng, wontên sawênèhing sêsêpuhing tiyang dhusun, nalika sêsuluh ing panggenan-panggenan ingkang sintru-sintru manggih satunggaling barang. Ing satunggiling dalu, sasampuning manggih barang, tiyang wau nyupêna. Wontên ing supênan pangraosipun dipun panggihi tiyang lan wicantên supados barang panggihan kawangsulna dhatêng Pamancingan, jalaran punika ingkang kagungan Nyai Rara Kidul, [Ki...]

--- 956 ---

[...dul,] yèn botên tumuntên badhe dipun tumpês dalah anak putunipun. Satangining tilêm nuntên tata badhe ngesahakên barang wau nanging botên gampil, awit griyanipun têbih saking Pamancingan, êlêt pintên-pintên dhusun. Bawaning tiyang dipun anggêp sêpuh, sagêd idu gê ni, nimbali satunggiling santrinipun kapurih ambêkta barang wau dhatêng dhusun ingkang wêwatêsan, lan saking ngriku kêdah kapasrahakên dhatêng sanèsipun, makatên sapiturutipun, dados tundhan-tundhan, lan dhusun ingkang gadhah wêwêngkon gisiking sagantên ingkang kapatah nglarung. Kawontênan ingkang makatên wau sêtêngahipun kêpasuk, dados tatacara dumugi sapriki, jalaran kawontênaning swara kumrasak ingkang kêmirêngan ing awang-awang, ingkang dipun kintên untabing brêkasakan pandhèrèkipun Nyai Rara Kidul, têmtu botên êpot-êpot. Katrangan sampun kacriyos ing ngajêng. Pramila kula anggit jalaran mêngku kawruh galuraning adat tatacara ingkang kêlimrah ing satunggil-tunggiling panggenan, sanadyan nama gugon tuhon, namung kala-kala sok prêlu kangge ngupadosi katrangan. Ingkang kula gumuni dumugi sapriki barang tundhan wau kok tansah wontên kemawon, punika têmtu botên kalêbêt akal, pangintên kula ngupados sak cêk-cêkipun kemawon minôngka kangge sarat.

Kangge panutuping panganggit kula, wontên wêwahan sakêdhik, kalêrês ing dintên riyadi panggenan mêmule wau rame sangêt, kathah tiyang sêsadean, têtingalan ugi warni-warni, saking môncanagari pintên-pintên tiyang nungka mriku, mila umbyaking akathah lir pendah gabah dèn intêri. Mirit mula bukanipun dhatêng mriku punika tirakatan, nanging nitik lairipun têka namung sênêng-sênêng, amit-amit sintên ingkang sumêrêp sajatosing tiyang.

Sumadi. Pangarasan.

Nagari Inggris

[Grafik]

Balapan kapal ingkang misuwur ing nagari Inggris.

--- 957 ---

Kawruh Sawatawis

Bab Pigunanipun Kuwalot

Thêthukulan punika ugi wontên ingkang migunani dhatêng manungsa, kados ta: kunir, lêmpuyang, jae, têmu sapanunggilanipun, punika ingkang migunani oyodipun. Kayu lêgi, sêcang punika ingkang migunani witipun. Mênggah ingkang badhe kula aturakên ing ngriki inggih punika wit kuwalot, punika ingkang migunani sangêt wohipun.

Ing wana pajatosan cêlak panggenan kula kathah sangêt thukulanipun wit kuwalot, wit wau botên katanêm, ngamungakên thukul kajêngipun piyambak, wondene manawi badhe nanêm kabêdhol lajêng kaceblokakên ugi gêsang, nanging kêdah milih ingkang taksih alit, tur manawi pinuju môngsa rêndhêng. Wit kuwalot punika agêng-agêngipun namung sak jêmpol suku, inggih wontên ingkang langkung nanging namung satunggal kalih, godhongipun mèmpêr godhong jaran, kaotipun ragi alit tuwin wontên lugutipun. Kewan lêmbu, maesa, menda ugi doyan nêdha godhongipun, dados kalihan wit racun kosok-wangsul, manawi wit racun nalutuh, pramila lêmbu utawi maesa botên doyan.

Kuwalot punika wohipun alit-alit turut pang, agêngipun sami kalihan isi woh tela gantung, mandar manawi ingkang sêpuh tur sampun garing jiblès woh isi tela gantung, dados saupami tiyang ingkang dèrèng nate sumêrêp ugi mastani isi tela gantung, para maos têmtu sampun uninga isi tela gantung.

Wondene pigunanipun inggih punika kangge anjampèni tiyang sakit ambêbucal êrah umbêl, punika ingkang sampun kula sumêrêpi sagêd saras, dene raosipun pait nyêthêk. Pratikêlipun anjampèni sadintên kaping 2, inggih punika enjing 10, sontên 10 iji, sak mantunipun.

Patrapipun manawi badhe nêdha, woh kuwalot wau kagêpukana nyatunggal satêlasipun, nanging sampun ngantos kasêron mindhak ajur, lajêng kapêndhêta cangkokipun.

Woh kuwalot punika bôngsa Tionghwa mastani gosamsi. Ing crakèn ugi sok sade, nanging sampun awis. Tiyang ingkang cakêt panggenan kula ugi kula cariyosi paedahipun, suwau dèrèng sami mangrêtos.

Namung punika sêsêrêpan kula mênggah pigunanipun woh kuwalot, wondene bokbilih wontên para maos ingkang kagungan sêsêrêpan bab kuwalot tumrap pigunanipun sanès kaparênga ngandharakên ing udyana Kajawèn ngriki, ingkang supados sagêd kasumêrêpan ing ngakathah.

Wasana nyuwun lubèring samodra pangaksama.

Sru paparda kawlasarsa.

R. Ng. Ms. Wanasagara. K. 839.

--- 958 ---

Jagading Wanita

Bab Olah-olah

Bab pandamêlipun podhêng litnan pangkat kalih.

Amundhuta agêr-agêr salonjor, kagodhog ing toya ngantos ajèr, sasampunipun ajèr lajêng kasaring ngangge suwekan ingkang tipis sarta rêsik, lajêng dipun êmori sêtrup prambusê utawi sêl hèrbèi. Jejeranipun agêr-agêr ingkang sampun dipun rêndhêm ing toya sarêm lajêng kacampurakên saha kaudhêg ajêg, sadaya wau ngantos dados mangêt-mangêt. Campuran punika lajêng kacêmplungakên ing cithakan podhêng supados enggala asrêp. Podhêng punika inggih mawi saus, dene ingkang dipun damêl jênening tigan gangsal, dipun ublêk kalihan gêndhis pasir saha dipun paringi panili kalihan mèlêk, lajêng dipun godhog sarta dipun udhêk ajêk.

Bab adamêl tar rum.

Amêndhêta tigan ayam mêntah 12 iji, kaublêka jênenipun kemawon, lajêng kaêmorana bubukan gêndhis pasir 1/4 pun, panili sawatawis, puhan lêmbu 1 gêndul, lajêng kagodhoga kaudhak alon-alon. Manawi sampun kênthêl kawadhahana ing panjang mawi kasasabana galêpung 1/2 pun, ingkang kaulêt kalihan tigan ayam mêntah 2 iji, kaubêka rumiyin, tuwin martega 1/2 pun, kakrukupna ingkang rapêt, lajêng kalêbêtna ing pan parotèn, kalatonana ingkang waradin ing ngandhap sarta nginggil, sakintên sampun matêng kaêntasa.

Bab adamêl panganan winastan blum podhêng.

Anggodhoga puhan lêmbu 1 gêndul, kaêmorana martega 1/2 pun, tuwin galêpung gandum 1/2 pun, kaudhaka ingkang kêrêp samatêngipun galêpung wau, tumuntên angublêk tigan ayam mêntah 10 iji, mawi bubukan gêndhis pasir 6 sendhok agêng, tuwin toya mawar 2 sendhok agêng, manawi sampun kaulêda kalihan galêpung ing ngajêng wau, mawi kawêwahana kismis, tuwin bubukan amandhêl sawatawis.

Ing wasana amirantosa cithakan podhêng, ing salêbêtipun kausarana martega, galêpung wau kaêsokna ing cithakan punika, lajêng kalêbêtna ing papan parotèn, kalatonana mawi arêng ing ngandhap nginggil.

Podhêng punika kadamêlna duduh: anggur asêm 1 gêlas agêng, bubukan gêndhis pasir 2 sendhok agêng, pathi garut 2 sendhok agêng, punika kagodhoga dados satunggal.

Bab adamêl panganan winastan botêramên podhêng.

Amêndhêta roti gandum sapalih, manawi sampun kabucal kulitipun, kairisana ingkang tipis, lajêng kausarana martega, tumuntên kalêbêtna cithakan nyatunggal, katumpuka ingkang sae sarta kadèkèkana kismis, tuwin kawur-wurana bubukan amandhêl, manawi cithakan wau sampun kêbak, lajêng angubêka tigan ayam mêntah 8 iji, kaêmorana [kaêmor...]

--- 959 ---

[...ana] bubukan gêndhis pasir 3 sendhok agêng, tuwin puhan lêmbu 1/2 gêndul, bilih sadaya punika sampun waradin, kaêsokna ing cithakan, lajêng kaêdanga dangunipun tigang jam.

Ing wasana podhêng punika kadamêlna duduh gêndhis pasir 2 sendhok agêng, puhan lêmbu 1/2 gêndul, manis jangan sawatawis, jênening tigan ayam mêntah 6 iji kaubêka.

Sadaya wau kaêmor dados satunggal, kagodhoga ngantos kênthêl.

R.A. Sumakiswara, Klathèn.

Waosan Lare

Kêtliwêng Barêng

X. Wêruh nyatane.

[Dhandhanggula]

wis warata tangarane muni / wong nagara uwis pêpak sowan / arêp anggrubyug tindake / kocap Dani lan Danu / uwis sowan wiwit ing bêngi / tansah ajaga-jaga / yèn ta ana dhawuh / ing sawise rada padhang / uwong loro nuli maju ditimbali / iya tumuli sowan //

sang aprabu nuli dhawuh lirih / wis ta ayo ingsun dandosana / pangagêman anyar kuwe / Dani nyêmbah lan matur / ila-ilanipun dhuh gusti / nuntên parênga lukar / agêm dalêm klumbruk / kantuna ngagêm rangkêpan / agêm dalêm kang sami kapetang lami / kaparingna kawula //

sang aprabu manthuk lan kadugi / ngandikane o o iya-iya / kabèh ingsun lilakake / sang prabu sarwa nurut / nuli lukar Dani ngukuti / nanging sajak katara / ngiwa nêngên bikut / ature mèh ora nyêmbah / lah sumôngga ngagêma punika gusti / agêm dalêm rasukan //

nadyan pados dhatêng pundi-pundi / botên wontên mênggah kintên kula / ah thik brêgas kaya ngene / coba sawangên Danu / gone muni mangkono kuwi / sajak kaya amênthang / Danu manthuk-manthuk / mangkene anggone kôndha / jênêng anèh kowe kôndha ngono kuwi / lah sing kagungan sapa //

sang aprabu nuli didandosi / nanging ya mung sarwa saraweyan / ora ana pa-apane / Dani tumuli matur / sampun rampung samangke gusti / ngiloa sapunika / sang prabu ya nurut / wise ngilo angandika / pancèn nyata bêcike anggêgirisi / sasat prabot kajiman //

Dani nuli sumêla nyambungi / milanipun yèn tiyang kang ewah / tuwin kang goblog nalare / namung sumêrêp suwung / sang aprabu saya kadugi / ngandika sêmu bingah / bênêr ing kandhamu / sang prabu wise ngandika / nuli dhawuh arêp miyos ing saiki / tindak arak-arakan //

kana kene têtabuhan muni / carabalèn suwarane ngangkang / slomprèt tambur bangêt rame / sang prabu miyos jêdhul / digarubyug para bupati / upacarane pêpak / jajaran gumrudug/ [gumrudu...]

--- 960 ---

[...g/] ana wong sing ngampil kunca / angêcêcêng tangan ngacung anggocèki / nanging ya ora nyata //

sauwise miyos Danu Dani / nuli mêtu banjur lunga bablas / sênêng saparan-parane / kocapa sang aprabu / kang digrubyug para bupati / kabèh sajak katara / ngaku padha wêruh / jalarane ora liya / êmung saka nêtêpi ujar kuwalik / kaya sing wis kacrita //

awit yèn ta ngaku wêruh sêpi / ora wurung diarani owah / dadi murih kapenake / ya padha ngaku wêruh / nanging mungguh nyatane kuwi / iya banjur konangan / sabên uwong wêruh / lan tumrap uwong ing jaba / ora ewuh awit ora duwe wêdi / lan samar apa-apa //

nuli ana bocah isih cilik / tur nèh bocah anake wong desa / ngadêg pinggir dalan gêdhe / muni karo angacung / bêcik têmên ratune kuwi / mung kathokan lan kotang / andèkna digrubyug / upacarane ya pêpak / apa iya niyate mung golèk isin / dhêmên ngliga sarira //

wise ana uni ngono kuwi / nuli ana wong kang mèlu kôndha / malah gumrunggung swarane / lo iya sang aprabu / thik mung ngagêm rasukan gondhil / la kuwi uwong apa / sing tangane ngacung / o jawane ngampil kunca / athik anèh apa ta têgêse iki / apa kanggo kaulan //

sang aprabu nuli wiwit ngrêti / anjanggirat ing batos ngandika / bênêr ujare wong kuwe / ora ana sing luput / nanging priye mungguh saiki / yèn ta ingsun bubarna / saya sèwu luput / awit jênêng pasamuwan / yèn ngantia pêdhot dalan ora bêcik / ya wis môngsa bodhoa //

nuli banjur tindake ngubêngi / wong kang nonton saya suk-êsukan / suwarane bangêt rame / dene ramene mau / ora liya padha ngrasani / bab anèhing sawangan / karo anggêguyu / malah barêng uwis lumrah / sabên uwong nonton padha anggarapi / ratune mung kathokan //

nadyan akèh uwong padha muni / nanging ora ana wong sing nyapa / malah para bupatine / rekane ora krungu / awit yèn ta wani ngrasani / gêdhene ngelikêna / sasat padha ngaku / yèn têmêne padha owah / dening padha ngaku ora amêruhi / kaya wong-wong sing nacad //

sang aprabu tindake lêstari / ngampêt lingsêm ing sadalan-dalan / nganti kondur saikine / ora nganggo adhawuh / lan gêdhene nganggo ngraosi / babar pisan wis ora / awit kabèh mau / yèn arêp didawakêna / pakolèhe mung anyêbar wirang isin / rata nyang kene-kana //

uwis cuthèl dêdongengan iki / lowung-lowung kanggo wacan bocah / dene mungguh pakolèhe / dongengan ngono mau / mung supaya bisa nênangi / wani duwe pikiran / aja ewah-ewuh / awit samubarang nalar / yèn wis bênêr tinêmune ya mung bêcik / bocah wajib anggulang // Tamat.

--- 961 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Imigrasi

Piridan saking sêsorahipun Radèn Adipati Arya Tirtakusuma, Bupati Karanganyar, tuwin saking sanès-sanèsipun.

Garèng: Ora, Truk, aku kiyi pancène wis lawas arêp rêmbugan karo kowe ing bab liyane manèh, nanging ing sarèhning anggone ngrêmbug bab kopêrasi kala samono durung rampung, dadi tansah tak undur-undurake bae. Saiki cara ngajine mono ing bab kopêrasi wis katam, mulane mara padha rêmbugan ing bab sing wis lawas tak impi-impi, yaiku ing bab: imigrasi. Bab kiyi kiraku prakara kang wigati bangêt, tandhane kok nganti dadi ambênge parêpatan pakumpulane bêndara-bêndara kangjêng. Pantês-pantêse sing ngrêmbug bab kiyi rak para bêndara-bêndara wèrêk Dhèli, hla, kuwi mathuk. Sing ngrêmbug jêbul-jêbul kathik para gusti-gusti kangjêng. Nèk ora pancèn wigati bangêt, têmtune rak iya ora nganti têkan kayangan mêngkono ta Truk.

[Grafik]

Petruk: Iki pancèn prakara kang gawat bangêt, emane dene aku ora bisa ngrêmbug karo kowe nganti talêsih, bisaku mung mucuki bae. Candhake luwih bêcik anjaluka rêmbug karo rama, awit ing bab kiyi rama kêna diarani bôngsa ahli, jalaran panjênêngane si rama wis tau jumênêng mantri kontrakan.

Garèng: We, hla, lagi tumon kiyi, ana pangkat têka jênêngane: mantri kontrakan. Sêtun-sêtun mantri kolonisasi, yaiku sawijining mantri kang dipatah nênuntun lan ngeguhake wong-wong sing padha bêbara nyambut gawe ana ing tanah Lampung. Ora Truk, apa kang dadi darunane, dene jênêng sira ing prakara kang gawat mau, ora bisa wawan catur marang jênêng ingsun. Apa jênêng sira lagi kèmêngan badra irawan, jalaran saka bêdhahing kampuhmu, gêmpiling rangkamu, rusaking gêlang kalungmu ...

Petruk: Wèh, kathik nganti kaya dhalang wayang Putèhi. Sanyatane, Rèng, anggonku ora bia ngrêmbug karo kowe ing bab imigrasi mau nganti talêsih, awit jalaran saka aboting anggonku arêp anglakoni ayahaning nagara. Yaiku: tanggal têlu sasi ngarêp kiyi, yèn ora ana alangan sawiji apa, aku kapêksa ninggal rayimu Makne Kamprèt, prêlu nindakake pakaryan, sing kudu dak lakoni ana ing Surakarta nganti sawatara dina lawase. Lo, samono

--- 962 ---

abot towong, sing dipatah nindakake sawijining kuwajiban.

Garèng: Hêm, nèk nitik omonganamu kiyi, kuwajiban kang kudu kok tindakake ana ing Surakarta sajake têka abot bangêt. Jajal tak etungane, yèn aku ora kaliru, tanggal 8 Agustus ngarêp iki, kabênêr sasi Jawa tiba tanggal 12 Mulud, yaiku dina garêbêg. Lumrahe ing Surakarta ing dina kuwi dianakake rame-rame gêdhèn, malah gajêg-gajêge rame-ramene mau diwiti 6 utawa 7 dina sadurung-durunge. Dadi miturut petunganaku, kuwajibanamu ana ing Surakarta, kang kok anggêp abot bangêt mau, ora liya iya arêp nonton rame-rame aliyas sêkatèn ing Surakarta. Dene anggone Makne Kamprèt kapêksa kok tinggal, kuwi jalaran kok kuwatirake, yèn ngrikuh-ngrikuhi anggonmu arêp ... jlang-jlangan.

Petruk: We, hla sêmbrana, Kang Garèng, kathik banjur ambukak wadi. Upama tak têrang-têrangna kiraku kowe iya masa ngandêla, mulane luwih bêcik padha diwiwiti bae anggone padha rêmbugan ing bab imigrasi. Mungguh sing arêp kok takokake apa, Rèng.

Garèng: Sing tak takokake kang kapisan, yaiku têgêse têmbung: imigrasi. Sabênêre ngono aku kiyi nèk ngrasakake têmbung-têmbung sing pungkasane nganggo: si, si, kuwi pikiranaku tansah bundhêl bae. Nèk irigasi, hla kuwi aku ngrêti têmênan. Kiyi rak bangsane sing sok nyabrang-nyabrangake klêting-klêting kae, ta.

Petruk: E, kurang ajar, hla kuwi rak: yuyu kangkang, pêthilaning Andhe-andhe Lumut, dupèh gêgayutane irigasi karo banyu, banjur dianggêp yuyu bae. Irigasi kuwi pakaryan nagara, sing gêdhe bangêt gunane tumrap kaum tani, yaiku sawijining pakaryan, kang nganakake wangan utawa kalèn-kalèn, kang bisa ngoncori pasawahan. Dene punggawane irigasi kuwi warna-warna, kaya ta: insinyur, opsihtêr, mantri lan isih akèh manèh tunggale. Wis, wis, saiki tak têrangne mungguh têgêse têmbung: imigrasi (imigratie) yaiku: pindhah nyang nagara mônca prêlu manggon ana ing kono. Dene ing bab imigrasi, sing dirêmbug ana ing pakumpulaning para bupati, jalaran anggone ngrêmbug ana ing tanah Jawa, lan wis têtela yèn tanah Jawa kuwi wis rada kakehan uwong, dadi sing dirêmbug iya imigrasine wong Jawa, dadi pindhahane wong-wong Jawa nang tanah mônca prêlu manggon ana ing kana.

Garèng: Ngrêti aku saikine, Truk. Nanging aku mêksa duwe pitakon mênyang kowe, apa tanah Jawa kiyi pancèn iya wis kakehan wonge tênan, nganti prêlu bangêt kudu ana sing pindhah nyang nagara liya, nèk pancèn têmênan tanah Jawa wis kakehan wonge, kênang apa bôngsa Arab, Tionghwa lan liya-liyane, apa manèh bôngsa dara-dara Tuwan pit, wèlêm, jakob, isih akèh bae sing padha lumêbu ing tanah Jawa kene, lan nagara tanpa andhawuhi: sê ... top.

Petruk: Kaliru, Rèng, nèk mangkono mungguh panêmumu. Bênêr isih ana bôngsa mônca

--- 963 ---

sing padha lumêbu ing tanah Jawa, nanging cacahe mau dipêsthi. Pranatane iya digawe angèl, dadi iya ora sabên wong mônca bisa banjur dêdunung ana ing tanah Jawa kene. Dene mungguhing bôngsa Walônda, kuwi kêna diunèkake ijolan bae. Sanadyan akèh sing padha têka mrene, nanging iya akèh sing padha mulih nyang nagarane dhewe.

Garèng: Aku ora arêp ambantah wangsulanamu, sanadyan sabên wong wis mêsthi bakal ngakoni, yèn ana pindha-pindhahan bôngsa liya mrene kiyi, mêksa agawe rugine wong-wonge kene. Awit, sing pancène bisa ditindakake wong kenene, kaya ta: adol tahu, adol mêrjan, nganakake dhuwit, nganti tumêkane sindêr pabrik pisan, kuwi banjur ditindakake bôngsa sing nêka mau. Karo manèh, sing banjur mulih nang nagarane manèh kuwi lumrahe rak wong-wong sing wis sugih phulus utawa sing wis jêmpo, dadi wong-wong sing wis ora nguwatiri kanggone têtandhingan rêbut golèk pangan.

Petruk: Lo, kowe aja gumun marang kaanan sing kaya mangkono, Rèng, sabab iku wis dadi anggêr-anggêring jagad, yaiku sing sapa wonge pintêr, tabêri, lan sugih akal, kuwi mêsthi gêdhe ganjarane, têgêse mêsthi nêmu kapenake. Kosok-baline karo sapa sing bodho, kêsèd, lan tanpa budidaya, kuwi mêsthi bakal asor, têgêse tumraping urip lan panguripane tansah kêsuk dening liyan, yaiku satêmêne saka lupute dhewe, mula ing sabisa-bisa yèn kêpengin luhur lan mulya, ya kudu ambudidaya kaya kang dak caritakake ing ngarêp mau.

Garèng: Wèyèh, kathik banjur mulang kaya dhukun kurang sajèn mangkono. Nanging kowe rak iya ngakoni yèn anane imigrasi kuwi têmtu bakal agawe karugiane wong-wong sing digroki padunungane kono.

Petruk: Mungguh anane imigrasi, kuwi iya pancèn mangkono, nanging kosokbaline kadhangkala iya sok malah dadi kauntungane, apa manèh mungguhing pindhahane wong-wong Jawa nyang tanah sabrang, kuwi sing katêkan iya pancèn ana rugine, nanging bathine malah luwih akèh manèh. Mêngkono uga sing nêka. Liya dina bae tak caritani sing nganti cêtha ing bab kiyi.

[Grafik]

Kados ingkang sampun kawartosakên ing Kajawèn nomêr 59. Ing sisih punika panggêgananing mêsin mabur ing wanci dalu ing Batawi.

--- 964 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah.

Cacah jiwa

Sampun tumindak sawatawis minggu, ing pundi-pundi sabên pakarangan dipun pasangi nomêr cêmêng wontên ing blèg pêthak (lugas), nomêr wau prêlu kangge cacah jiwa. Samôngsa sampun rampung, nomêr wau badhe kabucal tumuntên, dados tiyang sampun ngantos kalèntu mastani nomêr wau nomêring griya.

Salingkuh arta f 15.000.-

Wontên punggawa Levensverzekerings Mij. Arnhem ing Wèltêprèdhên, bôngsa Tionghwa nama Tan Tong Sui kadakwa nyalingkuhakên arta f 15.000.- Anggènipun salingkuh wau kakintên sampun tumindak salêbêtipun 6 taun, kanthi malsu sêratan. Dakwa ngakêni kalêpatanipun.

Pamulangan dhoktêr luhur.

Lulus kandhidhat iksamên bagean kapisan ing pamulangan dhoktêr luhur ing Batawi, ingkang bôngsa Jawi Mas Kanuyasa, Madiun. Radèn Trênggana Supali, Sidaarja. Mas Gunawan, Nganjuk. Utama Painan, Supangkat, Banjarnagara. Abdul Rahman, Wèltêprèdhên, Mas Ardadi, Panaraga. Radèn Usman, Pathi. Mas Ismail, Kadhiri. Sukirman, Karangasêm. Radèn Sukasah Suraputra, Cikajang. Mas Sudiyata, Bodhèn. Radèn Rarna, Purwarêja. Mas Yudana, Têmpuran. Radèn Suwaja Prawiraarja, Surakarta. Santa, Pacitan, Suwônda, Magêtan.

Kagunan tiyang siti.

Kawartosakên, benjing tanggal kaping 31 wulan Agustus dumugi tanggal 8 Sèptèmbêr, ing Tasikmalaya badhe wontên tèntunsêtèlêng barang dêdamêlanipun lare-lare. Kajawi punika ugi mitongtonakên barang nam-naman saking pintên-pintên panggenan awarni tudhung pandhan, wiwit rêgi ingkang mirah ngantos rêgi f 10.-. Kagunan ingkang kados makatên punika, ingatasing tudhung wontên ingkang rêgi f 10.- ugi sampun nama onjo.

Pang Budi Utama ing Tasikmalaya.

Ing Tasikmlaya sapunika sampun ambikak pang Budi Utama, ingkang dados pangajêng Dhoktêr Sukarja.

Prakawisipun panuntun P.N.I.

Kawartosakên, ing tanggal 21 wulan punika landrad ing Bandhung sampun nampèni sêrat praboting prakawisipun Ir. Sukarna sapanunggilanipun. Botên dangu tamtu wontên pawartos têtêping badhe pamariksanipun.

Calon lurah dipun cêpêng.

Pulisi ing Cibatu, Bandhung, wontên tiyang nama Marjuki, calon lurah dhusun ing Sukaratu kacêpêng ing pulisi, awit kasumêrêpan bilih piyambakipun dados pangagênging pakêmpalan durjana. Punggawanipun wontên 5, manawi nindakakên kadurjanan sarana angsal epahan.

Sêsakit tipês ing Cirêbon.

Jalaran saking ngrêbdaning sêsakit tipês ing Cirêbon, gêmintê amarak-marakakên: a. sampun ngombe ès, b. supados nêdha têtêdhan ingkang bêntèr. c. adus toya rêsik, d. kalèn-kalèn dipun siram toya gamping. e. rêrêgêd kêdah asring dipun urugi utawi kabêsmi.

Pamulangan pangadilan luhur.

Lulus kandhidhat iksamên bagian kalih ing pamulangan pangadilan luhur, Radèn Kuswa tuwin Radèn Mas Bahadhur.

Rajapêjah tiyang wuta.

Ing Blinden-instituut ing Bandhung wontên tiyang wuta dipun cublês ing lading wêtêngipun dening kancanipun ugi wuta, prakawis darêdah arta sakêdhik. Tiyang ingkang dipun cublês ngantos mêdal ususipun, lajêng dipun bêkta dhatêng griya sakit, wusana tiyang wau ngajal.

Malariah.

Kawontênanipun tiyang ingkang katrajang sêsakit malariah ing Klathèn tuwin Sragèn 1200, nanging ingkang tiwas namung 5. Sapunika sampun wiwit sirêp, pambagenipun kênini taksih lajêng.

Prêlu kangge adêging Milo Taman Siswa.

Para padpindêr ing Surakarta badhe ngawontênakên têtingalan, ingkang angsal-angsalanipun badhe kangge mitulungi adêging Milo Taman Siswa wau ing Surakarta.

Komite nyêgah lintah dharat.

Ing Surakarta sampun kalampahan ngadêgakên komite nyêgah lintah dharat, ingkang parêpatanipun kalampahan kala tanggal 19/20 wulan punika. Ingkang dados pangarsa Mr. Wôngsanagara, dipun dhatêngi tiyang kirang langkung 500 kalêbêt wêwakiling pakêmpalan warni-warni, wakil pèrês punapadene wêwakiling parentah. Mênggah rancanganing komite badhe ngawontênakên, 1. sêsorah wontên ing pakampungan, murih têtiyang andandosi panggêsangan tuwin sagêd nyingkiri bêbaya lintah dharat, 2. ngawontênakên pakêmpalan kopêrasi ing kampung-kampung, nênuntun dhatêng tukang-tukang tuwin bakul alit-alit, punapadene suka tuntunan dhatêng para sudagar, supados sami [sa...]

--- 965 ---

[...mi] turut nyambut damêl sêsarêngan, murih sagêd nindakakên padamêlan langkung agêng. 3. ngawontênakên kantor panimbang, anampèni pitakenanipun sintên kemawon ing bab tumindaking ekonomi.

Asiah.

Nutup pabrik malih 14 panggenan.

Bombai 18 Juli (Aneta-Nipa-Reuter). Jalaran tumindaking padagangan saya awon, sampun wontên pabrik 14 panggenan malih kêpêksa katutup, ingkang kintên-kintên badhe damêl susahing bêrah 40.000.

Ing paprangan.

Syanghai 19 Juli (K.P.). Wontên têmpuhing paprangan ing Lincu ingkang anggêgirisi, lampahing sêpur ngantos kandhêg badhe ngantos kalih minggu.

Kêkirangan têdha.

Syanghai 19 Juli (K.P.). Bôngsa Jêpan ing Cangtin, Sinan, kintun tèlêgram dhatêng Tinsin, nêdha kakintunan têdha.

Angin agêng ingkang anggêgirisi.

Tokio 20 Juli (Aneta-Nipa). Wontên angin agêng nêmpuh ing Koreah wetan adamêl karisakan agêng. Miturut pawartos ingkang dumugi ing Seoul, tiyang ingkang tiwas 58, ingkang ical wontên ing pasisir 83, tuwin wontên baita pamisaya ulam cacah 92 isi tiyang 500 botên kasumêrêpan wontên ing pundi. Wontêning ombak ing pasisir sagantên agêng sangêt.

Pêpêrangan kalihan tiyang awon.

Hongkong 21 Juli (Aneta-Nipa-Reuter). Wontên wadya parentah sagolongan bidhal dhatêng Kanton, prêlu nyirêp bajag tuwin tiyang awon ingkang ngarubiru ing lèpèn-lèpèn sisih kilèn. Kintên-kintên têbihipun wontên 40 mil saking Kanton, wadya parentah papagan kalihan têtiyang awon kathah, sami adêdamêl jangkêp, lajêng nglawan kanthi kasantosan. Nanging sarèhning wadya parentah angsal biyantu kapal rundha, lajêng nanggulangi ambêg pêjah, kanthi namakakên mariyêm agêng, sanjata mêsin tuwin sanjata limrah. Campuhipun ngantos sadintên muput, golongan tiyang awon tiwas 100, golongan parentah taton 17. Sarêng campuhing wanci dalu, golongan têtiyang awon lajêng tilar galanggang sami lubêbêt dhatêng wana. Wusana wadya parentah sagêd manggih têtiyang ingkang dipun tawan dening golongan tiyang awon, ingkang prêlu badhe kangge pados têbusan.

Madyaning paprangan.

Syanghai 22 Juli (K.P.). Ciyang Kai Sèk ngalêmpakakên wadya cacah 100.000 ing Cimpurilwe, saha andhawuhakên anggantungi ganjaran arta 100.000 dholar, bilih sagêd ngrêbat Cinan malih.

Yèn Sinan sampun dumugi ing Cinan, andhawuhakên dhatêng Pucoyi, supados wadyanipun mapag wadya nagari, kanthi sarêmbag kalihan wadya Cèncèng ing Tawenko. Pêpêrangan ngantos sadintên muput.

Kapal Helikon katêmpuh bajag.

Hongkong 22 Juli (Aneta-Nipa-Reuter). Ing tanggal 21 wulan punika, kapal Helikon bidhal saking Hongkong botên mawi dipun jagi, ing ngriku dipun sarêngi bajag sagrombolan midha-mindha tiyang numpak, wusana para bajag lajêng nêmpuh para opsir kapal mawi dêdamêl pistul tuwin lading. Sarèhning botên dipun tandhingi, dados botên prêlu namakakên pistul. Kapitaning kapal nama Tuwan Anderson dipun prentah supados anglampahakên kapalipun dhatêng Bias Bay. Sarêng ing wanci dalu para bajag mêndhêt barang-barang majaji 8000 dholar tuwin nahan tiyang numpak 14 prêlu badhe pados têbusan.

Eropah.

Têtiyang badhe damêl rêrêsah.

Lisabon 21 Juli (Aneta-Nipa-Reuter). Parentah Portêgal sampun nyêpêng tiyang 12, ingkang 3 jurnalis, sadaya wau sami kadakwa dados pangajênging pakêmpalan enggal, ingkang nêdya nglawan parentah. Sadaya sami kabucal dhatêng Azoren.

Wangsulan saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 2665 ing Surabaya. Sampun andadosakên cuwaning panggalih, gambar sanès-sanèsipun botên kapacak, kamanah lucunipun kirang. Pamrayogi panjênêngan katampi kanthi panuwun. Manawi wontên prêlunipun ugi katindakakên makatên.

Lêngganan nomêr 3186 ing Madiun. Bab manjurung kenging kemawon, prayogi kakintunakên sarana dhokimèn.

Lêngganan nomêr 1850 ing Kriyan. Ingkang sade Depôt van Leermiddelen, basa Walandi. Nanging namung tumrap propènsi.

Lêngganan nomêr 3258 ing Ngawi. 12 Sura Ehe ingkang panjênêngan dangokakên, kintên-kintên ing taun Jawi 1828, wulanipun Walandi Juni tanggal 2 taun 1898.

Lêngganan nomêr K. 3018 ing Wêlèri. Panjurung panjênêngan sampun katampèn, badhe kapacak wiwit wulan Agustus. Sambêtipun tumuntên kakintunakên.

Lêngganan nomêr 4317 ing Sêmarang. Sêrat kintunan panjênêngan sawêg kaurusakên, amargi katlisut.

Calêkik Botên Kanyanan

Lampahing taun sampun mèh kêmput, cobi maosa sêrat sêbaran ingkang dipun kanthèkakên Kajawèn ing dintên punika.

--- 966 ---

Wêwaosan

Sêrat Ramayana

1.

[Dhandhanggula]

yêkti sêpi datan antuk manis / caritaning Sêrat Ramayana / ingkang winangun ing mangke / awit sajatinipun / kang ingaran Rama naluri / wus kaprah kauningan / rarasira punjul / tangèh lamun umiriba / lan sanggyaning Sêrat Rama nguni-uni / kang wus sumêbar wrata //

nanging datan pisan mrih pangudi / sinêngsêman rarasing carita / yêkti tangèh kalakone / gatinirèng panawung / amung murih kêni tinandhing / urutaning carita / kang gèsèh panêmu / dene baboning carita / asli saking Sêrat Rama basa Inggris / mangkya winangun Jawa //

kang minôngka bêbuka murwani / duk ing dangu jaman ewon warsa / tanah Indhu caritane / wus arja sakalangkung / tatananing praja linuwih / kawratan kasusilan / wontên kang sinêbut / praja agung ing Kosala / kithanira karajan misuwur luwih / aran kitha Ayodya //

wontên darah kang jumênêng aji / ajêjuluk Prabu Dasarata / dahat luhur karatone / lumahing kithanipun / winaratan siniram warih / luberaning narmada / kang aran sarayu / wutahing tirta satêmah / nyaranani dadya suburing kang bumi / tuwuh tanpa kuciwa //

samubarang kang tinandur dadi / bêras pari lumintu tan kêndhat / anggung panèn salamine / kêbak kang lumbung-lumbung / rajakaya aglar mênuhi / datan mangguh sangsaya / kaparak rêridhu / dinohan sanggyaning ama / datan pae lir janma sayuk ngayati / caking panambut karya //

marma anggung kawuryan umintir / gumêlaring sabin warna-warna / panèn tandur wênèh nyêle / samya anggaru luku / lir angoyak kuninging pari / dadya tan nate kêndhat / ing salaminipun / dene salêbêting kitha / marga-marga wiyar ayom angayêmi / maring janma lumampah //

datan kêndhat siniraman sami / anyirnakkên rêrêgêding ratan / kang tumanduk datan sae / têpining kang marga gung / rinarêngga kalangkung adi / saênggon-ênggon taman / sêkar sarwa pênuh / gandanira anggung ngambar / angèbêki têbaning papan kang asri / têtêp tanpa kuciwa //

ananira sawangan kang adi / karan lumrah duk jaman samana / pinangguh ing kana-kene / têlênging kitha jujul / pêpêt pipit wisma gêng inggil / gêdhong-gêdhong banjêngan / kongsi tanpa petung / dene kadhatoning nata / sagon-ênggon amapan sarwa miranti / tan wontên kang mêmadha //

sabên pura rinarêngga pèni / mêngku taman kang pindha suwarga / asri kadi tan ginawe / marma kalok kêsuwur / lamun praja Ayodya yêkti / praja kèbêkan taman / sarwa adiluhung / sumrambah ing panggêsangan / ambarkahi tan wontên janma kang miskin / sadaya sugih bôndha //

sanadyan ta janma samya sugih / nanging têntrêm tan darbe kamurkan / mung narima satitahe / parandene tinêmu / donyanira ambyuk umili / lumintu tanpa kêndhat / katrêm lir pinulut / tan pisan kambah durjana / kang nyênyidra myang ngrusak têntrêming bumi / tan wanuh ing Ayodya //

lumrah janma rahayu ing budi / datan darbe tindak paracidra / lulus rukun salamine / sarira saras jadhug / kongsi supe rasaning sakit / kaprah para wanodya / samya ayu-ayu / mrak ati rumakêt manah / kang wus krama dahat bêktinirèng laki / sumungkêm ing wong tuwa //

parandene racaking pawèstri / samya darbe pangrasa mardika / tan winêngku kawasane / lumrah kang para kakung / samya mêngku kawiryan luwih / paradhah bojakrama / datan darbe angkuh / kaduga nunggal momoran / lawan janma kang tinitah asor miskin / rinêngkuh padha-padha //

para lare wiwit maksih alit / wus ginulang winulang brahmana / samya mungkul panggilute / têmah samya tinêmu / barkahira kang mêmulangi / yèku para brahmana / kang wus ambêg wungkul / marma nadyan maksih bocah / yèn Ayodya samya kêdhêdhêran bêcik / darbe ambêg utama //

saya-saya kang jumênêng aji / pra kawula lir anganggêp dewa / kang ngayomi salamine / sungkêmira ing ratu / anêrusi praptaning batin / tinrapna ing sabarang / mung sandika saguh / marma trêsnaning kawula / tuwuhira mring praja anyantosani / kineringan ngamônca //

yèn rinaras datan pae ugi / sri narendra dahat dènnya ngeman / maring para kawulane / raosing galih prabu / datan pisan adarbe osik / ngratoni mring kawula / myang kawasa agung / mung rinêngkuh kadang warga / tanpa kêndhat siniram pitutur bêcik / ingajak mêngku praja //

ing samôngsa tumindak ngadili / kang kataman sapudhêndhèng praja / rumasa dèn gawe dhewe / awit tibaning ukum / lir angganing traju tan silir / dadya mênggahing nata / tan kuciwa tuhu / dènnya mêngkoni bawana / amung antuk sanggyèng luhuring pamuji / tan pae kene kana //

nanging mokal titahing dewadi / nadyan nata sayêkti kagungan / cuwa myang cacad sugênge / yèku kadi sang prabu / ananira tan nguciwani / ananging jatinira / sri nata kalangkung / dènira dahat sungkawa / awit mangkya wus yuswa datan sêsiwi / mrih nambung wurinira //

môngka tuhu sri nata nêtêpi / wus akrama putri kongsi tiga / para garwa pêparabe / Kosalya ingkang sêpuh / kang sumundhul Dèwi Kêkayi / katiganya Sumitra / samya ayu punjul / parandene tan katêkan / tiga pisan datan wontên kang ngêdali / kongsi praptèng diwasa //

mangkya nata anêru samadi / datan pae sanggyaning kawula / ambelani ing gustine / nênuwun mring dewa gung / sambadaa bangkit nêkani / sri narendra pêputra / kang umiyos kakung / mrih ing têmbe sumiliha / aywa kongsi curês trah Ayodya benjing / nyirnakkên talêrira // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 61, 3 Mulud Taun Jimawal 1861, 30 Juli 1930, Taun V

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Dhawuh Pangandika Dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral, Marang Sakèhing Wong kang padha Dêdunung ing Indhia Nèdêrlan

Aparing wêruh:

Ing sasi Sèptèmbêr lan Oktobêr taun iki, sakabèhing wong kang dêdunung ing saindênging Indhia Nèdêrlan bakal dicacahake.

Nacahake jiwa mangkono iku bisa anjalari olèh katêrangan warna-warna, kang prêlu bangêt kanggo nyumurupi kaanane nagara lan uwong-uwonge.

Ing ngêndi-êndi bakal ana juru etung kang nacahake jiwaning wong urut omah lan nyathêti wangsulane uwong-uwong ing bab warna-warna miturut pitakonan-pitakonan kang wis katamtokake.

Anggone tata-tata arêp nacahake jiwaning wong iku wis suwe.

Supaya petungan cacah jiwa iku bisa sampurna, anggone mragati akèh bangêt lan kang nindakake pagaweane wong ewon-ewon.

Saiki anggone tata-tata wis rampung, ananging sakèhing wragad lan kangelan bakal muspra tanpa guna, yèn ora anggêr uwong padha sarju mangsuli ing sagadug-gaduge lan tanpa ewuh-pakewuh utawa kanthi prasaja marang sakabèhing pitakone juru etung.

Mulane kangjêng pamarentah kagungan pamundhut, supaya sakabèhing wong kang padha dêdunung ing Indhia Nèdêrlan ambiyantua ing sabisa-bisa murih sampurnane petungan cacah jiwa mau, kang tujune ora ana liya kajaba mung karaharjan umum ing sabênêr-bênêre.

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral.

Ing Indhia Nèdêrlan.

DE GRAEFF.

Wèltêprèdhên, 29 Juli 1930.

--- [967] ---

Ôngka 61, 3 Mulud Taun Jimawal 1861, 30 Juli 1930, Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Sawangan ing gêgana

[Grafik]

Ing nginggil punika rêdi Cikurai ing sisih kidulipun kitha Garut, dipun tingali saking gêgana.

--- 968 ---

Bab Ringgit

Radèn Jakapuring

Radèn Jakapuring punika kaprênah kadangipun Prabu Sri Maha Punggung ing Purwacarita inggih Sri Maharaja Kano. Saha sarêng jumênêngipun nata, Radèn Jakapuring kadadosakên patih.

[Grafik]

Patih Jakapuring

Patih Jakapuring sakalangkung sakti, kenging dipun wastani wawrating nagari Purwacarita inggih wontên Patih Jakapuring punika. Makatên ugi Patih Jakapuring anggalih sangêt dhatêng lampahing têtanèn, mila nalika nagari Purwacarita katêdhakan jawata amaringakên wiji, tumindaking maradinakên sawarnining wiji, inggih dipun sarirani Radèn Jakapuring piyambak. Makatên ugi nalika sawarnining têtanêman dipun têmpuh ing ama, Radèn Jakapuring botên kêndhat tansah angudi murih sirnanipun, kalampahan ngantos pados sraya, tuwin nyarirani piyambak pêpêrangan kalihan ama, wêkasan unggul ing pêrang, têtanêmanipun sagêd lulus sadaya.

Nalika ingkang raka, Sri Maharaja Kano ambêg angkara murka, mêmêjahi para danawa ingkang tanpa dosa, Patih Jakapuring tansah mambêngi, nanging botên dipun gêga ing raka, wêkasan sang prabu muksa, jalaran katêmpuh ing bêna agêng wêwêlakipun para tapa.

Samuksanipun Sri Maharaja Kano, Patih Jakapuring lajêng dhatêng praja awarta dhatêng putranipun mantu Sri Maharaja Kano, nama Radèn Turunan. Nanging Patih Jakapuring malah dipun uman-uman, dene botên lingsêm wangsul gêsang, môngka ingkang dipun dhèrèkakên dalah sawadyabala sami sirna tumpês. Manawi makatên Patih Jakapuring punika botên gadhah antêp dhatêng ratu. Radèn Jakapuring amangsuli, bilih pêjah gêsang punika atas saking karsaning dewa. Nanging wangsulan kados makatên punika botên pisan-pisan andadosakên pamarêm, Radèn Turunan malah saya sangêt panguman-umanipun.

Wantunipun Radèn Jakapuring sêpuh, sanadyan sayêktosipun lingsêm sangêt dipun uman-uman ing putra, nanging lumuh angladosi, mila milalu atilar [ati...]

--- 969 ---

[...lar] praja, lampahipun mangilèn. Dene sapêngkêripun Radèn Jakapuring, Radèn Turunan lajêng sumilih kapraboning rama marasêpuh ing Purwacarita, jêjuluk Prabu Kandhihawa.

Sakesahipun Radèn Jakapuring saking Purwacarita lajêng ngirup-irup tiyang ing bang kilèn, wusana lajêng jumênêng nata wontên ing Gilingaya, ajêjuluk Prabu Hèryanarudra.

Kacariyos Prabu Hèryanarudra sarêng sampun jumênêng nata wau, ing galih tuwuh nêdya malês sêrik dhatêng putra, inggih punika Prabu Kandhihawa, lajêng nglurug dhatêng Purwacarita.

Sadumuginipun ing Purwacarita lajêng damêl pêpucuk pêrang, wêkasan dados pêrang rame, dangu-dangu lajêng pêrang sami nata. Ing ngriku Prabu Kandhihawa botên kasamaran bilih mêngsahipun ingkang paman piyambak, nanging botên pisan-pisan ulap, ing panggalih malah saya muntab, awit saya katêtangi èngêtipun dhatêng rama suwargi. Nanging Prabu Kandhihawa pêrangipun tansah kasoran, wusana kasambut ing pêrang lajêng muksa. Samuksanipun Prabu Kandhihawa, Prabu Hèryanarudra lajêng jumênêng nata binathara

Prabu Hèryanarudra tansah anglajêngakên anggènipun ngudi ajênging têtanèn. Malah manawi mirit cariyosan Jawi, Prabu Hèryanarudra punika ingkang miwiti wontênipun tiyang andèrès arèn, mula bukanipun makatên:

Nuju satunggiling dintên, Prabu Hèryanarudra kêdah ambêbêdhag dhatêng wana, ing ngriku kathah pêksi, nanging sami ampingan wit arèn, sang prabu lajêng dhêdhawuh angrampasi sawarnining wit arèn, awit tansah dados pandhêlikaning pêksi. Kalampahan wit arèn sami dipun paprasi, wusana paprasan ingkang ngèngingi danguning arèn katingal mêdal toyanipun, saha karaosakên araos lêgi.

Sang prabu lajêng dhawuh andèrès saha kadhawuhan andamêl gêndhis. Dhawuh wau kalampahan dipun èstokakên ing para kawulanipun tani sadaya.

Lêrês lan botêning cariyosan wau namung kasumanggakakên, nanging mênggahing nalar ingkang kenging kaencokakên, nata punika ugi prêlu anggalih dumugi kabêtahaning para kawula tani.

Ing wusana sang prabu botên lulus jumênêng nata, prajanipun kambah ing pagêring agêng, tiyang sakit enjing sontên pêjah, sakit sontên enjing pêjah. Sang prabu ugi kataman gêrah, wêkasan muksa.

Jagading Wanita

Pangolahipun Katès Mêntah

Mênggah katès ingkang taksih mêntah punika, para maos kados botên kêkilapan bilih mawi tlutuh ingkang anggatêli kulit, sampun tamtu kemawon bilih katêdha araos pait. Ananging mênggahing katès mêntah, sanajan mawi tlutuh ingkang anggatêli, yèn dipun olah sarana dipun bumboni sawatawis, dados têtêdhan ingkang eca. Malah ecaning raos kados dhenga piliha kalihan katès ingkang [ing...]

--- 970 ---

[...kang] sampun matêng, nanging pandugi kula taksih eca katès mêntah ingkang kaolah tinimbang kalihan katès matêng. Tur tumrap katès ingkang kaolah wau, kenging karimat ragi dangu, punapa malih botên badhe nguciwani bilih kawadhahan ing lodhong kangge sêgah tamu, minôngka nyamikan. Tur mênggahing wujud pèni amenginakên, adamêl kumêcêr. Dene rekanipun makatên:

Ngupadosa katès ingkang andungkap sêpuh, dipun oncèki rêsik lan dipun kumbah, nuntên dipun iris-iris, agêngipun watawis sadriji, yèn sampun, dipun kumbah malih ing pangaron, pangumbahipun kakopyok, nuntên kagirah, têrus kawadhahan ing cêthing utawi sanèsipun, supados ragi atus.

Sampun, samangke cêthika latu ing pawon, lan ngêngkrongakên kuwali kangge anggodhog gêndhis, toyanipun kakintên-kintên, dene gêndhisipun kaladukana kathah kemawon. Yèn sampun katèsipun dipun pêndhêt, kacêmplungakên ing kwali, blung, têrus kaoboran ngantos toyanipun asat.

Ing sadangunipun katès kagodhog, sadhiyaa tampah utawi wadhah sanèsipun, katatanan mêrang awradin. Yèn toya godhoganing katès wau sampun asat, kuwalinipun kaêntas, katèsipun dipun pêndhêti, katata ing mêrang wau, têrus kaêpe sagaringipun. Lah yèn sampun garing sampun eca katêdha, lan kenging kasimpên ing lodhong. Punika nama: sale katès.

Ngupadosa katès malih kados ing ngajêng, kaoncekan lan kakumbah, nuntên kapasah. Yèn sampun rampung kakumbah malih kakopyok kados ing ngajêng, têrus dipun dang samatêngipun. Yèn sampun matêng, kaêpe ngantos garing.

Yèn katès sampun garing, cêthik latu ing pawon utawi ing kêrên, kangge anggodhog gêndhis ing wajan. Yèn gêndhis sampun kumrambut, katès ingkang sampun garing wau kacêmpungakên, kaudhak. Bilih sakintên sampun matêng, kaêntas, kapêndhêtan mawi sendhok, katata watawis ngalih sendhok, kadèkèk ing wadhah ingkang wiyar kalambaran krêtas. Panatanipun ragi rikat kemawon, awit yèn botên makatên sok kêpyar. Lan yèn sakintên têksih jêmèk kaêpe, supados asat. Inggih punika ingkang kawastanan: kêmbang gula katès.

Tumrap kêmbang gula katès, yèn pandamêlipun namung katès balaka, kirang raosipun, pramila prayogi dipun wori kalapa. Mangke yèn pandamêlipun makatên, tiyang ingkang botên titèn ngintên yèn kêmbang gula kalapa.

Sampun, namung samantên kasagêdan kula. Inggih lowung-lowung kangge wêwahing kawruh sakêdhik-sakêdhik, jêr punika wau pandamêlipun inggih botên angèl, tur kenging kangge pacitan ngunjuk wedang ing wanci sontên, utawi kangge cêpênganipun lare-lare alit, tinimbang tumbas.

Rara Sarbyasih. Bogêm - Goranggarèng

--- 971 ---

Wawasan Nagari Mônca

Wawasan ing Donya

Manawi dipun manah-manah, lêlampahan ing donya punika kados ajak-ajakan, punika sagêd katitik saking wontênipun pawartos ing sêrat-sêrat kabar, kados ta pawartos ing bab tiyang nyalingkuhakên arta, punika sabên wontên, inggih lajêng nalitik wontên panunggilanipun malih. Saupami bab kados makatên punika dipun wastani ajak-ajakan, nama mokal sangêt, awit tuwuhipun wontên ing nagari ingkang antawisipun têbih-têbih. Nanging mênggahing gagasan, sababipun botên sanès, namung jalaran saking nuju kêslêpêk ambêtahakên arta.

Mênggah ing bab bêna, sabên tuwuh inggih jalaran saking nuju môngsa rêndhêng, punika botên anèh.

Wontên ingkang ragi anèh, punika manawi nuju môngsa griya kabêsmèn, punika têka inggih lajêng kados ajak-ajakan, ing nagari pundi-pundi inggih lajêng wontên. Nanging mênggahing gampilanipun, kenging dipun wastani jalaran nuju môngsa bêntèr.

Sapunika lajêng anggagas dumugi bêntèring manah, manawi tumrap manahipun tiyang satunggal, tuwuhipun lajêng dados pasulayan, dene manawi tuwuh saking manahipun tiyang kathah utawi bôngsa, lajêng dados pêpêrangan.

Bab makatên punika para maos sagêd nitik dhatêng kawontênaning pawartos ngamônca. Kados ta tumrap ing Tiongkok, kenging dipun wastani latuning manahipun têtiyang ing ngriku sawêg sami murub, satêmah nuwuhakên pêpêrangan ingkang ngrika-ngriki botên wontên kèndêlipun, satunggal-satunggaling golongan tansah gêntos asor gêntos unggul, botên wontên sampun-sampunipun. Saking danguning pêpêrangan, pawartos ing bab kados makatên punika lajêng dipun anggêp limbah.

Anyarêngi môngsa punika, ing tanah Indhia Inggris inggih wontên latuning manah ingkang tuwuh, inggih punika ingkang mosik wontên ing panggalihanipun Sang Mahatma Gandi, ingkang lajêng marèmèn dhatêng golonganipun, inggih lajêng sampun kalimrah kasumêrêpan ing pundi-pundi.

Kados ingkang sampun kacariyosakên ing nginggil, tuwuhipun lêlampahan ing donya punika kados ajak-ajakan. Dilalah ugi ing laladan Indhia Inggris lajêng wontên pasulayan tuwuh malih, jalaran saking bab agami. Sanadyan bab punika dèrèng sapintêna manawi dipun timbang kalihan pêpêrangan, nanging ugi sampun nama nyarêngi kalamangsanipun.

Sapunika gêntos angraosi ing bab kabatosanipun Prancis kalihan Itali, mênggahing cêplosipun dèrèng katingal, nanging sêsungutipun sampun wontên, inggih punika ing bab anggèning parentah Prancis anyantosani pabarisan ing watês nagarinipun kalihan nagari Itali. Sanadyan bab punika namung dumunung jagi-jagi, nanging mênggahing wosipun inggih nama kaprayitnan, ingkang lèrègipun [lè...]

--- 972 ---

[...règipun] badhe dhatêng pasulayan.

Bab ingkang gêgayutan kalihan nagari Prancis inggih lajêng wontên malih, inggih punika ingkang tuwuh ing Maroko. Manawi bab punika kados inggih sampun mèmpêr kemawon, awit saupami latu, tumrapipun Maroko kados latu pêjah ingkang ngurêng ing nglêbêt, dados bêntèripun inggih taksih kemawon, awit ing batos, malah inggih lairipun pisan, pancèn mêmêngsahan.

Punapa lêlampahan ing donya punika nyata manawi tumular, punika tiyang botên sagêd mastani, nanging nyatanipun kêtingal, tandhanipun inggih kados ingkang sampun kacariyos wau. Malah botên namung samantên kemawon, sambêtipun taksih malih, inggih punika ing Mêsir, ing sapunika wontên rêrêsah, ingkang tuwuh saking pambalelanipun kaum Riffraff. Bab punika parentah Inggris sampun ngintuni kapal pêrang kalih kangge anjagi tata têntrêm. Tumraping kitha alit-alit sampun nindakakên undhang paprangan, ngawisi tiyang lumampah ing sasampunipun jam 8 dalu.

Makatên ugi tumrap jajahan Walandi sisih kilèn, sanadyan rêrêsah botên wontên nanging wontên pangancam, parentahing Curacao sampun ngantos ngalang-alangi tumindaking Revolutie-Partij.

Kawontênan-kawontênan sadaya wau, têtêp bilih ing donya punika panggenan rame tuwin isi lêlampahan warni-warni. Dene bab wontêning paprangan sapanunggilanipun, tumrapipun ingkang botên gêgayutan, cêkap amirêngakên, tuwin mèngêti, kadospundi ing kawusananipun.

Sawung bal-balan

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun para sawung bal-balan Loh Hwa, nalika dhatêng ing Tanjungpriuk, badhe nglurug wontên ing tanah Jawi. Ing sapunika sampun wiwit tarung.

--- 973 ---

Panglipur Manah

Adining Sawangan

[Dhandhanggula]

dahat asri rêrêngganing bumi / yèn sinawang datanpa kuciwa / anglam-lami mêmanise / têbaning langit biru / rinêngga ing mega kang putih / pindha gubahing wiyat / sumamar ngalangut / winiyaking diwangkara / kang umimba jumênêng nataning ari / umiyos siniwaka //

[Grafik]

tuhu dahat dènnya misesani / miwah adil dènira mranata / kanthi pangawase gêdhe / wênang nêbar rahayu / kang kawawa antuk pakolih / dene kang tan kawawa / têmah anglih alum / parandene jatinira / tumanduking daya mung mêmurih bêcik / tan pisan wèh rubeda //

yèn winêdhar jatining hyang rawi / dènnya ajêg umandum pêpadhang / mrih ngayêmi sakabèhe / kadi kang gunung-gunung / kang apindha pagêring bumi / anggung kataman surya / murih aking têrus / dene akinging kang kisma / ing satêmah mawèh aking sanggyèng wiji / kang apindha diwasa //

mung tan tega hyang pratônggapati / nulya krodha mudhar pangawasa / anandukakên dayane / ngirup sanggyaning ranu / têmah tungtum sinranging angin / nguwap kombul ngawiyat / ngalêmpak ngêndhanu / ing sawusing masakala / kalêmpaking kang tirta dinuwa bali / sumawur bumintara //

wusing rata kang tirta nêlêsi / wiji-wiji wêwijanganira / têmah tuwuh dhewe-dhewe / rumambat kang sêsulur / kang kêkaywan dadakan sêmi / sinusul sêkar anjrah / nêbar gônda arum / puwara kang desa-desa / kang wus ngarang kawuryan kalangkung asri / tan kêni winancenan //

tiris-tiris kang tarap ing têpi / myang ing têngah kang katon sumêla / cêtha angalela dhewe / kêkayon ingkang agung / ayomira katon ngayêmi / dadya wayangan desa /

--- 974 ---

lir pathoking dhusun / kêni minôngka têngêran / sangkaning doh têngêrira wus ngarani / prênahirèng padesan //

raharjaning padesan sayêkti / wus katitik lumahing plêmahan / warata kalaban ing we / kalèn narajang dhusun / wutahira anjog mring sabin / nulya pinara-para / kongsi wrata kêmput / para juru ulah kisma / dahat suka dènira angulah siti / aran tanpa kuciwa //

kalanira nêru ulah siti / datan darbe rasa kasayahan / nadyan ithu esuk sore / mung laras kanthi sarju / sêsêndhonan lan kêbo sapi / yayah rasa bêbrayan / pakulinan rukun / dene wusing paripurna / satêbaning sabin wus katanjan wiji / mung kari muji ngrêksa //

wusing nglilir trubus punang wiji / tumanduking warna nèng sawangan / ngênani mawèh sêngsême / ijo ariyu-riyu / lir gumlaring kang pramêdani / wusing sarwa diwasa / wulènira tuwuh / araras awoh kancana / angayêmi sanggyèng janma kang umèksi / nadyan tan darbe trima //

dene para ingkang ulah siti / lamun nyata sambada ing karya / dinohan sambekalane / ciptanira tinêmu / antuk bagya liruning sakit / pirabara katêkan / ing sasêdya tutug / awit wus dangu rêkasa / wus sêdhênge antuk pamarêm linuwih / pêparinging Pangeran //

sukurira maring Hyang tan lamis / tumrap para narakarya desa / wus tumindak salamine / kalaning parimantuk / tumpêng panggang anggung anggili / tanapi brêsih desa / samya guyup sayuk / arampak iyêg sadaya / kang sanyata dadya pamuji sajati / lulus tanpa sangsaya //

wêdharing kang wêwarah mung amrih / amêmèngêt barkah ingkang kisma / yèn kanthi winruhan gawe / dene nyataning wujud / kang ingaran bumi rêspati / kadi suwarnanira / kang nèng gambar luhur / yèku adining sawangan / parêdèn Yang dhusun aran Tamansari / laladan Bôndawasa //

Bab Kasarasan

Anak Bêbranahan

Tiyang gadhah anak punika limrahipun dipun wastani manggih kanugrahan. Nanging saupami tiyang gadhah anak kathah punapa inggih nama kanugrahan.

Ukara ingkang adhapur pitakenan ing nginggil punika, mênggah gampiling wangsulanipun: tiyang gadhah anak kathah punika pancèn inggih nama satunggiling kanugrahan, nanging kêdah dipun jangkêpi katrangan malih: kêdah ingkang saras-saras, rahayu ing budi, pintêr. Wêwahan tigang prakawis punika kemawon, sampun kenging kangge nêtêpakên kanugrahanipun tiyang gadhah anak kathah.

Sanadyan sampun kêdunungan tigang bab wau, ugi mêksa taksih kuciwa, dene jangkêpipun yêktos, kêdah dipun tumpangi: tiyang sêpuhipun sagêd maragadi. Dados jangkêpipun wontên kawan prakawis.

Sintêna kemawon manawi nyumêrêpi tiyang gadhah anak ingkang kêdunungan bab kawan prakawis wau tamtu

--- 975 ---

kapengin. Nanging kosokwangsulipun, sanadyan namung satunggal manawi nyêbal kalihan pêpathokan wau, upaminipun murang sarak, punika tamtu botên dipun pengini ing tiyang.

Bab kawontênan ingkang kados makatên wau ing ngriki botên prêlu kacariyosakên, awit sintêna kemawon inggih sampun mangrêtos tuwin sampun nyumêrêpi. Dene kajêngipun karangan punika namung badhe ngandharakên, punapa sababipun dene tiyang punika wontên ingkang gadhah anak, sugih anak, utawi wontên ingkang botên gadhah anak babarpisan.

[Grafik]

Ing ngriki nyêlani sakêdhik, mujudakên gambaripun tiyang ingkang gadhah anak sêmpulur, tur sêmpuluripun wau ugi anèh. Inggih punika gambaripun tuwan tuwin Nyonyah Kessler ing Amerikah, ing salêbêtipun jodhoan kalih wêlas taun gadhah anak kaping gangsal, manawi kapetang racak-racakipun sabên kalih taun langkung gadhah anak, nanging anèhipun sabên mêdal: kêmbar, dados gadhah anak kaping gangsal gunggungipun wontên lare sadasa.

Mirid cêcariyosan, anak punika pêparinging Pangeran, tiyang botên kuwaos punapa-punapa. Ujar makatên punika inggih sampun lêrês, nanging punapaa têka Pangeran anggènipun pêparing mawi pilih sih. Bab panguwaosing Pangeran ingkang kados makatên punika botên prêlu karêmbag malih, aluwung anggagasa babipun ingkang gampil, tuwin dumugi dipun gayuh kemawon. Dene tumraping panggagas, kados-kados sababipun tiyang gadhah anak utawi botên punika, saking saras utawi botên.

Mênggahing kasarasan, tumrapipun ing jaman sapunika, ingkang sagêd mastani namung para ahli, inggih punika dhoktêr.

Tiyang sadèrèngipun sumêrêp dhatêng saras tuwin botênipun tumrap badanipun piyambak, trêkadhang ugi sampun sagêd anggagapi sabab-sababipun (saupami botên saras) ingkang tuwuh saking lêlampahan ingkang dipun jarag piyambak, saya tumrap para neneman, tamtu taksih kèngêtan gawang-gawangan dhatêng lêlampahanipun ingkang andadosakên kirang sarasing badan. Kajawi manawi sêsakit wau [wa...]

--- 976 ---

[...u] pancèn bêktan saking wiji turunan, punika kêdah namung dipun pariksa ing tiyang ahli. Mila sabab-sabab wau anjalari ewahing kasarasanipun, lan lajêng anjalari botên gadhah anak. Ewadene murih andadosakên pamarêming manah, prayogi anggadhahi pangangkêppanganggêp. kemawon, bilih anak punika pêparinging Allah.

Nanging bilih sampun mantêp yêktos pangandêlipun, ugi kêdah angèngêti, bilih tiyang sanès botên sagêd damêl punapa-punapa, dados bangsaning isarat puja mantra, inggih kêdah dipun singkiri.

Dene manawi kêpêksa badhea budidaya, kenging animbangakên: dhoktêr lan dhukun, punika mênggahing kasarasan, titi tuwin pintêr ingkang pundi.

Samantên mênggah pinanggihing wawasan bab tiyang gadhah anak ingkang dumalundung bêbranahan, bakunipun saking kasarasan.

Miyos saking griya sakit

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral, nalika kondur miyos saking griya sakit militèr ing Wèltêprèdhên. Kados ingkang sampun kacariyosakên wontên ing Kajawèn. Gambar dalêm ingkang lênggah ing oto, dene griya agêng, punika gambaring griya sakit militèr.

--- 977 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Imigrasi

Piridan saking sêsorahipun Radèn Adipati Arya Tirtakusuma, Bupati Karanganyar, tuwin saking sanès-sanèsipun.

(Sambêtipun Kajawèn nomêr 60)

Garèng: Ambanjurake rêmbuge bab imigrasi, kowe durung mangsuli pitakonku, Truk, yaiku: apa iya têmênan, yèn tanah Jawa kuwi wis kakehan uwonge, lan apa pancèn prêlu bangêt ing kene dianakake imigrasi.

[Grafik]

Petruk: Mungguh pitakonmu kiyi sanyatane ora gampang wangsulane, awit siji-sijining paresidhenan ing tanah Jawa kiyi ora padha jêmbar lan ciyuting papane, mêngkono uga cacahing jiwane uga ora padha, kaanane lêmahe iya ora padha manèh.

Garèng: Cacahe wong bagus, wong ayu, wong grumpung, wong pèsèk, iya ora padha. Hla kok anèh kowe kuwi, Truk, Truk, ya wis mêsthi bae ta nèk ora padha, aja manèh siji lan sijining paresidhenan bisaa padha, lagi brêkat bae mêksa iya ora bisa padha, ana sing olèh cakar, ana sing kumanan têlampikan, mung kaume dhewe sing sok olèh gêndhing utawa dhadha mênthoke.

Petruk: Hara, kok banjur nylingkêr mrono parane, anggonku ngandhakake ing ngarêp mau, prêlune supaya kowe bisa anduwèni wawasan mungguh kaanane jiwa ing tanah Jawa kene, anggone banjur dianggêp prêlu yèn kudu dianakake imigrasi. Ya kuwi mangkene: mungguh paresidhenan-paresidhenan ing tanah Jawa kene kiyi, lêmahe ana sing loh bangêt, jalaran ing môngsa rêndhêng utawa ing môngsa kêtiga tansah sugih banyu. Kajaba iku lêmahe ana sing bêcik, nanging iya ana sing cêngkar. Jalaran saka iku rak mêsthi bae ta, yèn banjur ana paresidhenan-paresidhenan, kang suk-sukan wong-wonge, lan uga ana paresidhenan sing kurang bangêt wong-wonge.

Garèng: Ngrêti saikine aku, Truk, bawane aku kiyi wong cathekan, lagi krungu omongan sak ... nil, bae, iya banjur wis gamblang babarpisan. Jajal saiki tak caritakne, mungguh panêmuku apa sing wis kok kandhakake [kandhaka...]

--- 978 ---

[...ke] mau. Nèk ing tanah Jawa umume iya ora kêna yèn dikandhakna wis kakehan uwonge, ewadene mêksa wis kêna diarani, yèn ing tanah Jawa kiyi wong-wonge wis kurang pamêtune, awit, tanah-tanah sing pancèn loh lêmahe, jalaran katiga rêndhêng tansah olèh banyu, kuwi akèh wonge. Saking akèhe wonge, nganti pirang-pirang sing ora bisa ngliwêt. Dene sing palêmahane cêngkar, wong-wonge sing manggon ana ing kono iya sathithik. Sanadyan wong-wonge mung sathithik, saking kurange tanduran sing bisa trubus ana ing kono, iya mêksa akèh wong-wonge sing ora bisa olèh pangupajiwa. Apa manèh wong Jawa kuwi sing sabagian gêdhe bangêt wis padha ora anduwèni lêmah, luwih-luwih lêmah ing tanah Jawa kuwi sing sahohah wis kêcandhak ing ... pabrik.

Petruk: Lo, kang mangkono kuwi cara Tionghwane kowe lan aku rak wajib anglairake: kamsiyah, awit, kowe dhewe ing ngarêp wis nêrangake, yèn wong Jawa kuwi sing sabagian gêdhe bangêt, wis ora padha duwe lêmah. Jalaran saka iku têmtune iya banjur akèh wong Jawa sing wis ora kulina mênyang anggarap sawah, sabanjure anggone golèk pangan iya sarana: buruh. Mulane anane pabrik-pabrik, apa ora kêna diarani sawijining kauntungan tumrap wong-wong sing panguripane sarana buruh mau.

Garèng: Iki aku mu ... pa ... kat, sanadyan ana tuwuhing pitakonan: anane saiki akèh wong Jawa padha nguli nyang pabrik-pabrik, kuwi apa jalaran wiwit biyèn mula wis kulina buruh, apa jalaran kapêksa sabab wis ora duwe sawah.

Petruk: Jalarane iya sabab wis ora duwe sawah mau. Kuwi rak iya wis mêsthine ta Rèng. Pabrik-pabrik lan kabudidayan Eropah, kuwi saya suwe saya akèh anggone nganggo lêmah, lan wis mêsthi bae, yèn sing dijukuk kuwi iya lêmah sing apik-apik. Tujune tanah Jawa kuwi jêmbar bangêt, nganti gunggunging jêmbare lêmah pabrik-pabrik mau, mung ana sabagian saka kaanane lêmah ing tanah Jawa kiyi.

Garèng: Lo, lo, êndi katranganamu mungguhing pitakonku, jalaran saka anane pabrik-pabrik mau, wong Jawa akèh bangêt sing ora padha anduwèni lêmah.

Petruk: Ing ngarêp wis tak kandhakake: pabrik saya suwe saya nganggo lêmah akèh, tur lêmah sing bêcik-bêcik, sanadyan kalonging lêmah mau ora akèh, rak iya jênêng kalong, ta. Ing môngka cacah jiwane wong Jawa undhake tikêl-matikêl. Kêpriye saikine anggone wong Jawa saya suwe ora saya akèh sing ora anduwèni lêmah, yèn anane lêmah saya suwe saya mungkrêt, lan sing kudu anduwèni saya suwe saya mundhak tikêl-matikêl.

Garèng: Wis, wis, saya suwe anggone ngrêmbug, kok saya gawe bunêking pikir, saiki padha ambanjurake rêmbugane ing bab imigrasi bae.

Petruk: Iya bêcik, Rèng. Kaya kandhamu ing ngarêp, yèn ana paresidhenan sing jalaran saka olèhe lêmahe banjur kakehan wonge, [wong...]

--- 979 ---

[...e,] lan kosokbaline, jalaran saka cêngkare lêmahe iya ana paresidhenan-paresidhenan sing kurang bangêt wonge kang padha dêdunung ana ing kono. Kang iku aku mupakat bangêt karo dhawuh wêdhar sabdane Radèn Adipati Arya Iskandar Tirtakusuma, ingkang bupati ing Karanganyar, yèn ngrêmbug ing bab imigrasi kuwi luwih bêcik, imigrasine wong Jawa ing Kabupatèn Karanganyar bae.

Garèng: Dadi cara gambarane kowe arêp ngêblak apa dhawuhe ingkang bupati ing Karanganyar mau, nèk kowe dhewe pancène ora duwe panêmu apa-apa. Wèh, kok kaya warganing sawijining badan paprentahan, sing sêsorahe ora mêtu saka pikirane dhewe, nanging digawèkake kônca-kancane tunggal sèh, wusanane ujug-ujug banjur dibantah, wangsulane cêmêplos kaya wong ... nglindur.

Petruk: Lo, kok banjur ngina nyang uwong. Apa wong kuwi ora kêna mupakat karo panêmuning liyan. Aku kiyi pancèn iya cocog karo wêdhar sabdane ingkang bupati ing Karanganyar kalane ana ing konggrèsing para bupati ing Wèltêprèdhên durung suwe kiyi, mulane sêsorahe banjur tak gawe tuntunan rêmbugan ing bab imigrasi kiyi, kanthi tak wuwuhi olèh-olèhan anggonku grèsèk-grèsèk ana ing ngêndi-êndi. Awit mungguhing aku iya mokal, yèn bisa wasis ngrêmbug ing bab kiyi. Mêngkono uga yèn kowe besuk ambanjurake rêmbugan ing bab kiyi karo rama, têmtune si rama iya nganggo tuntunan sêsorahe ingkang bupati ingkang anyar mau.

Garèng: Sokur ta sokur, yèn kowe gêlêm ngakoni, apa sing kok rêmbug kiyi dudu panêmumu dhewe, nanging uga ana sing kok ênut. Awit lumrahe, jurnalis, utawa tukang ngarang kuwi, yèn gawe karangan, turne kadhang kala wong liya sing ngarang, utawa sok dibantu ing wong liya-liyane, malah ana sing sok ngêblak karangane Si Suta, Si Naya, utawa Si Dhadhap, Si Waru, ewadene nèk wis dadi karangane mau, banjur diakoni dhewe sarana ditôndha tangani jênêngane dhewe nganggo aksara sing gêdhêm-gêdhêm kae.

Petruk: Wis, wis, rêmbug kiyi aja didawa-dawa, mundhak gawe ora kapenak bae, liya dina tak nyaritakake kaanane Kabupatèn Karanganyar, kaya dhawuh sabdane ingkang bupati ing Karanganyar, kang anjalari prêlu bangêt kudu dianakake imigrasi.

Kajêng agêng

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun kajêng agêng ingkang pinanggih ing tanah Amerikah. Nanging sarèhning katrajang margi, kajêng wau lajêng kagrowong.

--- 980 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah

Rêdi Krakatao

Wontên pawartos saking Pulo Panjang, kala tanggal kaping 22 wontên jêblosan kaping 968. Ingkang inggil piyambak 1100 mètêr, ingkang langkung 500 mètêr kaping 31. Ing wanci dalu wontên suwara jumêbrèt kaping 31. Wiwit jam 10 dumugi jam 12 dalu wontên toya muncrat tuwin balêdhosan murub kaping 19, danguning muncratipun 4 mênit. Wiwit jam 1.39 dumugi jam 2 dalu têntrêm.

Tiwas jalaran kalêlêgên bungkus untu mas.

Wontên sawênèhipun bôngsa Tionghwa ing Prabalingga, ing sadalu tilêm lajêng kagèt tangi, jalaran gorokanipun karaos kados kalêlêgên barang, ngantos adamêl galêrêg-galêrêging ambêganipun. Wusana sarêng dipun nyatakakên, ingkang ngêlêlêgi wau, êmas bungkusing untunipun coplok. Sarèhning rêkaos dipun wêdalakên, lajêng ngaturi dhoktêr, nanging dhoktêr mêksa botên sagêd mitulungi, sagêdipun kêdah dipun bêdhèl, môngka mênggahing bab ambêdhèl gulu punika ambêbayaning sangêt. Wusana ingkang sakit dumugi ing tiwas. Punika kenging kangge kaca brênggala tumrap para ingkang sami ngagêm rêrênggan kados makatên.

Ngudi dados adpokat.

Radèn Mas Sidharta, rumiyin mudha pangarsa landrad ing Jêmbêr, gadhah sêdya badhe nêmpuh pandadaran pokrul ing rad pan yustisi, kados haking para mistêr, supados sagêd ngajêngakên prakawis dhatêng ngarsaning yustisi.

Nyirnakakên sêsakit malariah.

Burgêmistêr ing Prabalingga dipun wênangakên dening pakaryan kasarasan nyambut arta kangge nyirnakakên sêsakit malariah kathahipun f 5100.- tumrap laladan Prabalingga.

Salpeterzuur kangge anjampèni mripat

Ting kampung Jandhi, Gunung Pintèh, Sumatra, wontên guru agami asring têtulung anjampèni tiyang sakit. Satunggiling dintên wontên têtiyang sami jêjampi sakit mripat, kyai guru nuju botên wontên, lajêng dipun tindakakên dening ingkang èstri, sarana jampi tès. Nanging kalèntu, ingkang kangge ngêtèsi wau Salpeterzuur. Têtiyang ingkang jêjampi wau wontên ingkang lajêng risak mripatipun.

Bab ingkang kados makatên punika sampun lajêng andadosakên kalintu tampi, dipun wastani jampi dhoktêr anêniwasi, nyatanipun saking sêmbrananipun ingkang ngêcakakên, kalèntu panganggenipun jampi.

Karampungan landrad bab arta krêtas nyarupiyah palsu

Pangadilan landrad ing Batawi mêntas ngrampungi prakawisipun pasakitan bôngsa Tionghwa nama Ki Pèngnèng, kadakwa ambalibukakênambalithukakên. arta krêtas palsu nyarupayahnyarupiyah. kanthi cihna 700 lêmbar. Pasakitan kaukum 4 taun kasuda tahanan.

Sudaning balônja ing kabudidayan.

Jalaran saking môngsa kêndho, kabudidayan-kabudidayan kopi tuwin karèt gadhahanipun bôngsa Inggris ing laladan Malang, kados ta ing: Limburêh, Bakèk, Talagarêja, Glêdhagan Pancur tuwin Sumbêrpakèl, kêpêksa nindakakên pangiritan tumrap para punggawanipun bôngsa Eropah, punggawa ingkang bayônjabalônja. f 250.- mangandhap, sawulan, têtêp botên dipun kirangi. Ingkang balônja f 250.- langkung dumugi f 500.- kirang, dipun suda 10%. Ingkang balônja f 500.- dumugi f 1000.- kirang, kasuda 20%. Langkungipun saking f 1000.- dipun suda 30%, nanging botên tumindak tumrap tiyang ingkang gadhah anak tuwin administratir.

Tuwan Dahler badhe dhatêng Surakarta.

Tuwan P.F. Dahler, pangagênging Taaltechnische Afdeeling ing kantor Bale Pustaka, badhe kadadosakên guru basa Malayu ing A.M.S. ing Surakarta, laminipun sataun.

Mr. Kusuma Sumantri.

TawartosakênKawartosakên. Mr. Kusuma Sumantri sampun dumugi ing Batawi, badhe kaprênahakên manggèn ing Bandhah, ing sadèrèngipun bidhal, dipun tahan wontên pakunjaran ing Glodhog.

Babud Pèrsi.

Tuwan Damme wêwakiling Esther Surry Art Gallery Ltd. mêntas asêsorah wontên ing toko Onderlinge Hulp ing Batawi, ing bab kagunan nênun ing Pèrsi, kanthi mujudakên babud warni-warni. Tuwan Damme wau anggènipun wontên tanah Pèrsi ngantos sawatawis taun, prêlu nyatakakên bab kagunan wau. Ing pamuji kagunan wau sagêda tumular wontên ing ngriki.

Pès wudun ing Garut

Ing Garut pinanggih wontên tiyang katrajang pès wudun, kakintên botên saking tularan saking sanès panggenan. Ingkang wajib lajêng nindakakên rêrigêdrêrigên. murih botên nular.

Kasangsaran mêsin mabur ing Cianjur.

Apdhèling pakaryan anggêgana ing Cianjur nuju anindakakên anggêgana [anggê...]

--- 981 ---

[...gana] ngangge mêsin mabur Fokker 406, nalika inggilipun sawêg 30 mètêr, motoripun mogok, lajêng kêpêksa mandhap, andhapipun anatab wit-witan, mêsin mabur risak babarpisan.

Lindhu.

Ing tanggal 23 Juli wanci jam 7.43 enjing, Observatorium ing Wèltêprèdhên nyathêt wontên lindhu alit, têbihipun 10.700 kilomètêr. Bab punika nocogi kalihan kawontênanipun lindhu ing Napels. Mriksanana pawartos kawat bagian Eropah.

Iksamên notaris agêng.

Lulus iksamên notaris agêng bagian kapisan, Radèn Krêsna, ing Pandhegêlang. Tuwin lulus bagian kalih Mas Slamêt, ing Sêmarang.

Asiah.

Ing kalangan paprangan Tiongkok.

Nanking 23 Juli (Aneta-Nipa). Ciyang Kaisèk martosakên, wadya parentah sampun ngrêbat Poco, Anhwa, saha lajêng dhatêng Onan. Têmpuhing paprangan sakalangkung rame.

Ciyang Kaisèk martosakên malih golongan mêngsah karisakan agêng.

Wadya parentah wiwit nêmpuh Tinsin Pikorilwe, prêlu ngrêbat Cinan.

Ebah-ebahan ing Hindhu.

Poona 23 Juli (Aneta-Nipa). Jayakar tuwin Sir Sapru pitakèn dhatêng Sang Gandi ngantos kawan jam wontên ing pakunjaraspakunjaran. Yeroda, nanging wusananipun Sang Gandi botên purun dipun pitakèni malih, nanging ugi sampun dados pamarêmipun ingkang pitakèn.

KawontênipunKawontênanipun. kasangsaran prahara.

Tokiyo 22 Juli (Aneta-Nipa-Reuter). Pêpetangan kawontênan kasangsaran prahara ing Koreah kala tanggal kaping 19 wulan punika, tiyang ingkang tiwas 393, ingkang ical kakintên tiwas 1493, nandhang tatu 205. Griya ingkang sirna 8475.

Wontên malih mirid pawartos saking Kiyusu, Jêpan kidul, tiyang ingkang tiwas 82, ingkang ical 75, tatu 425. Griya ingkang sirna 16.890, griya ingkang ambruk 20.786. Wontên malih baita ingkang kèrêm utawi kèli 1803.

Amerikah

Bêbaya hawa bêntèr sabên taun

New York 22 Juli, (Aneta-Nipa-Radio). Lampahing ombak hawa bêntèr ing pasisiripun sagantên Atlantic têbanipun ngantos têbih, ngantos adamêl sangsaranipun tiyang 150, ingkang 100 pêjah kalanipun nuju adus.

Eropah

Lindhu agêng ing Itali.

Rome 23 Juli (Aneta-Nipa-Reuteur). Ing Napels tuwin ing laladan Catania wontên lindhu agêng ing wanci enjing. Saperanganing kadhaton ing Napels ambruk, wontên tiyang ingkang tiwas 2, tatu 5. Wontên malih gêdhong sungsun gangsal ambruk lan gêdhong sanès-sanèsipun.

Wontên katrangan malih, tiyang ingkang pêjah langkung 150, kathah sangêt tiyang kataton. Ing Molfi tiyang ingkang pêjah tuwin kataton atusan.

Napels 23 Juli, (Aneta-Nipa-Reuter). Tuwuhing lindhu ing wanci enjing, turut babad kapetang ingkang agêng piyambak. Dangunipun lindhu ing kitha 45 sêkon, ing wanci jam 1.10 dalu. Polahing tiyang kados gabah dipun intêri. Têbaning lindhu wiyar sangêt. Grija ing Salerno ingkang misuwur kala ing taun 1080 ugi ambruk.

Cacahipun tiyang pêjah kapratelakakên malih 1000, ingkang 130 sampun dipun kubur. Ing têlêngipun Quake sacêlaking rêdi latu, botên wontên griya satunggal-satunggala ingkang kantun, wontên tiyang 60.000 botên gadhah griya.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 728 ing Klathèn. Kenging kemawon.

Lêngganan nomêr 2042 ing Slawi. Pundi ingkang botên kasêbut ing dhaptar, mratandhani sampun têlas.

Lêngganan nomêr 3466 ing Pulung. Kintunan ingkang kantun tumrap kuwartal 4, amila panjênêngan botên nampi blangko.

Lêngganan nomêr 3210 ing Cilacap. Praypgi maringi yatra lênggananipun rumiyin.

Lêngganan nomêr 3727 ing wetan Sumayudan. Kuwartal punika panjênêngan sampun ambayar sah. Dados wisêl f 6. punika tumrap wulan: Oktobêr 1930 dumugi Sèptèmbêr 1931.

Wangsulan saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 1379 ing Kêndhal. Sêrat panjênêngan sampun kaupadosan, botên pinanggih.

Lêngganan nomêr 3289 ing Klathèn. Buku Cênthini ingkang sade Bataviaasch Genootschap nanging sapunika sampun têlas.

Lêngganan nomêr 3750 ing Surakarta, pangajaran ing R.H.S 5 sataun. T.H.S. 4 taun. M.H.S. 7 taun. H.B.S. utawi A.M.S. manawi badhe nglajêngakên dhatêng pamulangan dhoktêr sami kemawon, nanging tumrap ingkang saking A.M.S. kêdah wêdalan A.M.S. ing Malang, Ngayogya, tuwin ing Batawi. Tiyang ingkang sampun lulus saking H.B.S. tuwin A.M.S. sanadyan sampun dangu, kenging kemawon anglajêngakên dhatêng pamulangan luhur.

--- 982 ---

Wêwaosan

Sêrat Ramayana

2.

I. Putra nata sakawan

[Dhandhanggula]

tumindaking sanggyèng pangastuti / mawa tata dahat gêng-agêngan / datan wontên kuciwane / saking sruning pamêsu / têmah Sang Hyang Wisnu nêdhaki / kanthi amêdhar sabda / wiyosing kang dhawuh / kaki prabu sumurupa / pamujanta pra dewa wus nguningani / mangkya ingsun tumêdhak //

awêwarta mring sira sajati / lah racutên mangkya wus katrima / kaki prabu sira têmbe / bakal pêputra catur / miyos priya apêkik-pêkik / Sri Wisnu nulya muksa / nata pungun-pungun / ing wusana wus kadhadha / sabdanira Hyang Wisnu tumanêm ngati / tumuli aluwaran //

katêmahan datan kongsi lami / anggarbini kang garwa têtiga / dupi wus prapta êlèke / garwa nata kang sêpuh / kang pêparab Kosalya Dèwi / ambabar miyos priya / sakalangkung bagus / sri nata paring pêparab / kalokèngrat datan wontên ingkang nyami / aran satriya: Rama //

kang panênggak Sang Dèwi Kekayi / apêputra priya sinung aran: / Barata bagus warnane / garwa katiganipun / nênggih Dèwi Sumitra mangkin / pêputra kalih priya / sinungan jêjuluk / Laksmana miwah Satrugna / kaparênging nata ing mangkya ngluwari / raos sukaning driya //

datan pae janma sanagari / samya sayuk bela suka-suka / dene nata kaparênge / mangun bojana nutug / paring têdha wong sanagari / aywa kongsi kliwatan / dimèn samya nutug / myang paring bôndha barana / mring sanggyaning para brahmana myang rêsi / mrih rêna pujabrata //

tumindaking kang pangupakarti / maring putra satriya sakawan / pinardika langkung sae / sri nata nulya dhawuh / maring putra puruhita mring / pra dwija kang kaloka / mrih suka mêmuruk / winulang sarasèng Wedha / myang sanggyaning kawruh amêngku nagari / ing têmbe ywa kuciwa //

lawan malih sri narendra miji / punggawa kang ulah kaprawiran / myang kaprajuritan mangke / amrih mêmulang muruk / aywa kongsi anguciwani / têmbe diwasanira / bangkita pinunjul / dadya prajurit utama / kang kawasa mangrurah mring ripu sakti / kawasa mêngku praja //

putra nata kang sêpuh pribadi / kang pêparab sri satriya Rama / katitika kalangkungane / mênggahing kadang catur / mung Sri Rama ingkang nyêpuhi / para kadang kang tiga / samya bêkti nurut / tan pae kadi ambapa / ing satêmah rukuning pra kadang sami / mawèh sukaning nata //

dening mulat putra pêkik-pêkik / sarwa rukun tan nate sulaya / tulus trêsna salamine / ingkang kaprênah sêpuh / dahat dènnya ngêmong mring ari / dene para kang mudha / mung ambangun turut / marma kalamun sinawang / luhurirèng praja Ayodya ngluwihi / darbe satriya tama //

nanging nadyan kadang catur sami / tan prabeda ing katrêsnanira / nanging pinangguh titike / lamun sajatinipun / Sang Laksmana dahat dènnya sih / marang satriya Rama / ing salami amung / tansah dènnya rêruntungan / ing bêbasan tan nate pisah sanyari / risang kêkalihira //

datan pae kadang kang kêkalih / Sang Barata lawan Sang Satrugna / gandhengan dadya kanthine / nanging sajatinipun / warataning sihira sami / datan kêni bineda / myang ingundha-usuk / nadyan mring garwa narendra / tiga pisan pra putra anganggêp tunggil / datan pisan bineda //

tiganira lir ibu sawiji / binêktenan ing salaminira / myang Sri Supadni tan pae / têtêp pamêngkunipun / mung arasa trêsna myang asih / kaanan kang mangkana / ing sajatinipun / umantuk dadya ganjaran / kamulyaning Sri Nata Ayodya nagri / tuhu sinihan dewa //

sri narendra tan pêgat anggalih / mrih sambada kotamaning putra / amrih widada ing têmbe / ingayoman dewa gung / myang sinêmbah isining bumi / marma dupi diwasa / tan pêgat sang prabu / anggung anggusthi pikrama / kang minôngka garwaning Sri Rama mangkin / lawan para pandhita //

pinrih rêmbag kang yogya mêthuki / kathah para ingkang ahlul puja / tan pêgat atur rêmbage / nanging anggung pinadu / mung mêmurih antuk kayaktin / jatining nyatanira / kang tinêmu jumbuh / kacarita duk samana / pan kasaru sowaning pandhita luwih / mêngku gatining karya //

sowanira risang maha rêsi / sêmunira dahat nawung gita / riwusing marêk ngarsane / sri nata asmaasmu. gugup / nrapkên krama maring kang prapti / nuli mêdhar pambagya / tinampèn anuhun / ing sawusira satata / sang awiku andhêku winor sêsanti / wusana atur jarwa //

dhuh sinuhun narendraning bumi / sowan amba ing ngarsa paduka / tarlèn ngrêrubêdi mangke / nuwun awiyosipun / mugi-mugi kaparêng gusti / dhêdhawuh mring Sang Rama / anyirnakna diyu / ingkang ngrêrisak pratapan / kongsi mawèh gingsiring rèh pudyastuti / kang katur maring dewa //

sri narendra kagyat duk miyarsi / rangu-rangu ing batos anggagas / kadi paran wêkasane / ananging nuli tuwuh / kumandêl mring dewa linuwih / awit sajatinira / sabarang pakewuh / janma tan pisan wênanga / angudhari kanthi samaring pamikir / gampang antuk pituna //

sri narendra nuli anglilani / maringakên sang satriya Rama / Laksmana môngka kanthine / umiring sang awiku / nulya budhal anuwun pamit / sri nata datan pêgat / mudya gumarumung / amêmayu marang putra / mrih yuwana dènnya sinarayèng jurit / munah ripu kawasa //

praptanira ing pratapan nuli / risang Rama umangsah mangrurah / maring ditya sadayane / nalikanira nêmpuh / lawan ditya kalangkung sakti / yèku biyanging ditya / kang têguh atimbul / miwah wus misuwur galak / datan wontên janma kang wani tumandhing / prandene têmah sirna // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]