Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-08, #1645

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1930, #1645
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-01, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #354.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-02, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #355.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-03, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #356.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-04, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #357.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-05, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #358.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-06, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #359.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-07, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #360.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-08, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #361.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-09, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #362.
10.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-10, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #363.
11.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-11, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #364.
12.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-12, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #365.

Ôngka 62, 5 Mulud Taun Jimawal 1861, 1 Agustus 1930, Taun V

Kajawèn

[Iklan]

--- [983] ---

Ôngka 62, 5 Mulud Taun Jimawal 1861, 1 Agustus 1930, Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f. 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Kitha Bou Denib

[Grafik]

Ing nginggil punika kawontênaning kitha Bou Denib ing Maroko.

--- 984 ---

Bab Ringgit

Puthut Jantaka

Puthut Jantaka punika anakipun ditya Lêmbuculung, martapa wontên ing rêdi Antaga, sakalangkung sinêkti, dipun suyudi dening têtiyang kathah, suyudipun têtiyang wau inggih jalaran ering saking kasaktianipun Sang Puthut.

Kacariyos Puthut Jantaka gadhah anak kathah, ananging botên awarni manungsa, awujud sato kewan warni-warni, kados ta: 1. asipat tikus putih, nama tikus Jinada, 2. cèlèng, nama Cèlèng Dêmalung, 3. kêthèk, nama Kuthilapas, 4. maesa andanu, nama Kalamurti, 5. lêmbu gumarang, anama Kalasrênggi, 6. Sangsam, nama Sangsam Randhi, 7. kidang, nama Kidang Kujung, 8. bulus, nama Bulus Pas, 9. kura, Kura Grêgês.

Mênggah kewan sadaya wau nyatanipun amaning têtanêman sadaya, dene cocoging cariyos, gathuk kalihan wontêning dewa anggènipun nurunakên wiji ingkang kaparingakên dhatêng nata Purwacarita Sri Maharaja Kano, kewan sadaya wau ingkang dados pangrisak. Mantuk kalihan têtêmbungan: sarwa dumados punika, inggih mawi risak.

Kacariyos anak-anakipun Puthut Jantaka sadaya wau, sawênèhing dintên sami cariyos dhatêng tiyang sêpuhipun, bapa, aku anjaluk pangan.

[Grafik]

Puthut Jantaka

Puthut Jantaka mirêng têmbunganing anak-anakipun sadaya wau, sakalangkung ngêrês ing manah, nanging Puthut Jantaka piyambak rumaos botên sagêd anyukani têdha dhatêng anak-anakipun, awit anak samantên kathahipun, sami gadhah pakarêman piyambak-piyambak. Wusana Puthut Jantaka mangsuli: Dhuh anak-anakku kabèh, wis bênêre kowe anjaluk ingon mênyang wong tuwa, awit wong tuwa wajib anggêdhèkake lan wajib ngurip-urip mênyang turune, nanging yèn mirit kaananmu kabèh, yèn mung wong lumrah bae môngsa kuwawa angingoni. Sarèhning anamu kuwi jalaran ana kang nitahake, mêsthine

--- 985 ---

iya wis kinanthenan pangan. Wis mangkene bae, sarèhne kowe iku aran kawulaning ratu, dening manggon ana ing bumi wêwêngkone, kowe padha sowana marang ratu gustimu, iya iku Sri Maharaja Kano. Nanging wêlingku, sarèhne kowe iku jênêng wong anjêjaluk, wajibmu iya kudu padha sarônta, anyênyadhang sihe kang arêp pêparing, lan manèh ora ana pituwas kang tumibane tanpa kangelan. Kajaba iku sarèhne sadulur-sadulurmu akèh, lakumu aja bêbarêngan, awit aku samar yèn gawe kagète wong nagara. Bêcike kowe: Tikus Jinada, Cèlèng Dêmalung, lan kowe Kuthilapas, padha mangkata dhisik, ing mêngko samôngsa kowe wis padha olèh pêpancèn pangan, kang kari karêbèn nusul.

Sadhèrèk têtiga wau mituhu pakèning tiyang sêpuhipun, lajêng sami bidhal ambêkta wadyabalanipun piyambak-piyambak tanpa wicalan.

Sarêng lampahipun tikus, andhapan tuwin kêthèk dumugi padhusunan laladaning kitha, sumêrêp patêgalan, pakarangan ingkang isi têtanêman nêdhêngipun awoh. Ing ngriku botên taha-taha lajêng nêmpuh purun, angrisak sakajêng-kajêngipun, têtiyang ingkang gadhah têtanêman ananggulangi botên sagêd, awit kathahing kewan ingkang ngrisak tanpa wicalan, pêjah satunggal dhatêng sadasa, pêjah sadasa dhatêng satus, wêkasan sadaya sami giris, lajêng ngungsi dhatêng kitha saha lajêng lapur dhatêng Patih Jakapuring.

Sarêng Sri Maharaja Kano dipun aturi uninga ing patih Jakapuring, lajêng dhawuh ambidhalakên wadya, supados numpês sato ingkang dados ama wau, kalampahan lajêng dados pêpêrangan, nanging wadyanipun Sri Maharaja Kano sami kasoran, wangsul dhatêng kitha.

Ama dèrèng ngantos sirêp, sampun kasusul kadang sanès-sanèsipun, maesa Kalamurti, Lêmbu Kalasrênggi, tuwin Sangsam Randhi. Sadaya wau sarêng sumêrêp bathanging tikus, cèlèng tuwin kêthèk lajêng sami ngamuk, sarta adamêl karisakan. Nanging sadaya wau sami sirna dening sarayanipun sang nata ingkang nama Radèn Sêngkan Turunan.

Puthut Jantaka sarêng mirêng tiwasing anak-anakipun lajêng nusul kalihan anak-anakipun ingkang nama Bulus Pas tuwin Kura Grêgês, angêdalakên pangabaran warni-warni. Nanging sadaya sami kasoran dening Sri Maharaja Kano, saya sarêng Puthut Jantaka sumêrêp manawi Sri Maharaja Kano punika titising Wisnu, lajêng nungkul, ing wusana lajêng têntrêm.

Panggulawênthah

Bandara, Lurah, tuwin Panginggilan

Têtêmbungan tigang prakawis punika gampil sangêt mênggahing têgêsipun, botêna dipun andharakên, tiyang inggih sampun mangrêtos, nanging sanadyan sampun mangrêtos sak kajêngipun, adhakan damêl [da...]

--- 986 ---

[...mêl] kalèntuning panindak, awit srêg saha sèlèhing kajêngipun, sok nalisir, upaminipun makatên:

Bandara punika sampun gênah manawi tiyang ingkang dipun ngèngèri, têgêsipun tiyang nyukani têdha. Têmtunipun tiyang ingkang dipun sukani têdha wau wajibipun inggih ambandara yêktos, botên mawang bandaranipun wau sintên, awit manawi botên makatên, tamtu tansah damêl botên narimahipun manah. Dene jalaranipun warni-warni, upaminipun: tiyang ingkang dipun ngèngèri wau tiyang asli alit, nanging ingkang ngèngèr gadhah aluran asli priyantun, malah bandaranipun asli malarat, ingkang ngèngèr turunipun tiyang sugih. Bab makatên wau gampil sangêt nuwuhakên pangraosipun tiyang ingkang angèngèr, tansah garunêngan dupèh bandaranipun asli sangandhapipun, wêkasan lajêng angampangakên patraping pangawulanipun, apêsipun sêmbrana dhatêng wajib, agêngipun lajêng purun.

Tindak kados makatên punika sampun tamtu kemawon andadosakên cacad agêng, mênggah pangawula, ngantos kasupèn bilih jêjêring pangawula punika angawula têdha. Malah trêkadhang sampun angakêni piyambak, manawi ingkang dipun kawulani punika têdha, botên ngawula tiyang. Nanging botên ngèngêti bilih sadaya wau wêngku-winêngku, têgêsipun: botên wontên têdha manawi botên wontên ingkang nyukani, tuwin ugi botên wontên tiyang sagêd nyukani têdha, manawi botên wontên-wontênwontên. ingkang dipun sukakakên, inggih punika dipun saranani sade bau, dados têrang bilih botên sagêd pisah. Mila sabên caraning ngawula botên anêtêpi tatanipun, inggih botên têntrêm, awit namung ngajêngi dhatêng têdhanipun, nanging botên ngajêngi ingkang dipun ngèngèri. Dene nyatanipun bilih bandara wau ingkang dipun ngèngèri yêktos, tandhanipun manawi rencang dipun kèndêli, botên gadhah wêwênang mopo. Ewadene manawi mopo, lajêng sampun atêgês mêngsah.

Ing bab lurah punika inggih sok adamêl sêling sêrêp, tur sampun gênah lurah punika sêsêpuh, têgêsipun upami tunggil padamêlan, inggih ingkang nyêpuhi padamêlanipun, dados beda kalihan bandara, ingkang kajêngipun suka têdha. Nanging tiyang adhakan garunêngan: wong ora ambalônja, utawi: wong ora ngingoni bae anggêp-anggêpan. Punika sawêg têmbungipun kemawon sampun kalèntu, awit mênggahing lêlurah pancèn botên kêjibah ngingoni, namung mranata padamêlan, dados mênggah tumindaking nyambut damêl sêsarêngan, nanging lurah ingkang nyêpuhi, ingkang majibi nyumêrêpi sadayanipun. Dene manawi wontên tiyang ngrumaosi kêdah botên nyumêrêpi dhatêng sèlèhing dados tiyang ingkang dipun rèh ing lurah, inggih badhe rêkaos ing manah, nanging manawi mêksa adrêng, pon-ponanipun inggih namung badhe angsal lurah enggal malih. Bab punika punapa botên sampun têrang, bilih sadaya punika wajibipun namung kêdah nyambut damêl sêsarêngan.

Panginggilan, sami-sami: panginggilan punika satunggiling pêprênahan utawi pangkat ingkang adhakan damêl mêsguling tiyang ngandhapipun. Awit tiyang sangandhapipun [sangandhapi...]

--- 987 ---

[...pun] wau ngrumaosi manawi sami. Pamanggih makatên wau inggih wontên lêrêsipun, nanging inggih botên srêg, awit sawêg namanipun kemawon sampun panginggilan, mênggah ngokonipun: dhêdhuwuran sampun tamtu kemawon wontênipun dhuwur saking gadhah pamênang kalihan ingkang andhap. Nanging ingkang andhap mêksa taksih kemawon botên narimahipun, môngka sampun tamtu mênggahing caraning tiyang nyambut damêl punika wontênipun dados panginggilan, apêsipun katitipan tigang prakawis, inggih punika: sampun dangu panyambut-damêlipun, pintêr, wêkêl. Sapunika tumrap ingkang dipun panginggili, manawi kapengin botên kawon, inggih kêdah ngudi murih kêdunungan kados makatên. Dene manawi namung adrêng botên narimah, inggih badhea dhatêng pundi kemawon, botên sande inggih namung kêpêthuk tiyang ingkang kêdunungan titipan tigang prakawis wau.

Kados makatên mênggah pinanggihing kajêngipun, bandara, lurah tuwin panginggilan.

Raos Jawi

Undhaking Pawarta Sudaning Titipan

Paribasan undhaking pawarta sudaning titipan punika sumrambah saha kêlimrah sangêt dipun tindakakên ing tiyang, nanging ingkang nindakakên piyambak wau sok ngantos botên ngrumaosi. Mênggah kajênging paribasan, pawartos utawi titipan punika botên wontên ingkang plêk kados kawontênanipun. Manawi tumrap ing pawartos, limrahipun lajêng mindhak utawi langkung kalihan yêktinipun. Dene titipan, kajêngipun wêlingan, punika dumugining ngêndon: kirang, botên plêk kados kajêngipun ingkang gadhah wêling.

Manawi ingkang kêrêp pinanggih, punika ing bab undhaking pawarta, tumindakipun ngantos anggumunakên, malah manawi dipun manah panjang lajêng katingal, bilih kawontênan ingkang kados makatên punika dados titiking wêwatêkan, nanging wêwatêkan ingkang kadospundi, punika dèrèng sagêd laras yêktos, namung wontên ingipipun sakêdhik, bab wau manjing dhatêng gugon tuhon.

Mênggahing bab gugon tuhon, limrahipun tuwuh wontên ing tiyang ingkang kirang jêmbar sêsêrêpanipun. Ewasamantên ugi dèrèng kenging dipun ugêmi malih.

Ingkang sampun kêlimrah, indhaking pawartos punika tuwuh ing kalamôngsa wontên lêlampahan ingkang nyalênèh, kados ta:

Kalanipun wontên sêsakit nular, limrahipun tiyang mastani: ungsum sêsakit, dene sêsakitipun: kolerah, cacar. Kalanipun wontên sêsakit wau, adhakan lajêng tuwuh kabar ingkang elok-elok, upaminipun ing wanci dalu sumêrêp tiyang lumampah ijèn ambêkta ukur (ukuripun tiyang pêjah), wontên ingkang cariyos kêpêthuk lêlêmbat, wosipun ingkang bôngsa anèh-anèh.

--- 988 ---

Bab ingkang kados makatên punika tumularing wartos enggal sangêt, tur lajêng wêwah cêcariyosanipun, upaminipun ingkang nyariyosakên bab tiyang ambêkta ukur, lajêng wêwah: bilih wontên tiyang ingkang sumêrêp ing nalikanipun ngukur. Tumularipun malih lajêng wontên ingkang mungêl: kula sumêrêp piyambak nalika Pak Kojur sakit, lajêng dipun ukur ing tiyang, wusananipun inggih pêjah yêktos. Makatên salajêngipun tansah mindhak-mindhak kemawon.

Wontên malih ingkang ngeram-eramakên, inggih punika ing bab pawartos tiyang pados mripat tuwin sirahing tiyang, limrahipun dipun wastani culik, punika sumêbaripun inggih enggal sangêt, malah trêkadhang sagêd damêl girising tiyang. Inggih manawi namung damêl giris kemawon wontên saenipun sakêdhik, balik lajêng damêl kapitunan utawi kasangsaran, punika ingkang botên prayogi. Mênggah ingkang nama kapitunan, kados ta: tiyang ingkang panggesanganipun sêsadean, lajêng ajrih kesahan, lare sêkolah lajêng ajrih malêbêt. Dene ingkang nama kasangsaran, upami tiyang lumampah dalu piyambakan, sagêd ugi lajêng kenging pandakwa awon, dipun kintên tiyang ingkang gadhah tindak kados makatên punika, lajêng damêl kalèntu tampining tiyang sanès, wusana dados botên kantên-kantênan. Môngka pawartos kados makatên punika tansah wontên kemawon.

Para maos sampun kalintu tampi lêlampahan ingkang kados makatên punika tamtunipun namung tuwuh ing para sadhèrèk ingkang taksih kirang jêmbar sêsêrêpanipun, kados ingkang kapratelakakên ing nginggil.§ Pawartos ing bab wontênipun culik, punika tanpa kêndhat tansah wontên kemawon. Malah ing wêkdal punika ing Batawi nuju wontên pawartos bab culik, dipun cariyosakên culik wau ngambah ing pakampungan, numpak oto abrit alit, sagêd ngambah ing pundi-pundi. Sumêbaring pawartos wau inggih angeram-eramakên, ngantos sabên pakampungan têtiyang sami ngraosi bab wau, lan ugi tansah mindhak-mindhak anggènipun martosakên. Nanging bab pawartos makatên wau, botên liya inggih namung pawartos kalawora [lalawora] kemawon.

Nanging wontên malih bab indhaking pawartos ingkang limrahipun andadosakên orêging tiyang kathah, inggih punika manawi wontên kaelokan, upaminipun wontên tiyang martosakên wontên kuburan sagêd nangis, tur punika mokal. Punika sumrambahing pawartos lajêng ngômbra-ômbra, ngantos sagêd andhatêngakên tiyang ewon, dene cêcariyosanipun pating calêbung, wontên ingkang mirêng: panangisipun magêp-magêp, anggiyêng, sawênèh wontên ingkang mirêng, anggènipun sambat mamêlasasih.

Sawarnining bab-bab ingkang kacariyosakên ing nginggil, saupami kacocogakên ing akal budi, badhe botên wontên ingkang sagêd mathuk, sanadyan dipun pêndhêta saking lair dumugi batosipun pisan, botên pinanggih ing akal, dene manawi wontên yêktos, punika sèlèhing nalaripun, namung sagêd amastani: tiyang ngapusi.

Dene kajênging paribasan sudaning titipan, botên sanès namung amêngku kajêng ngirangi pawartos.

Kintên-kintên kajênging paribasan wau kados makatên.

Ha.

--- 989 ---

Têtandhingan ulah raga

[Grafik]

Saking pambudidayanipun N.I.A.U. (Nederl. Ind. Atheletiek Uni) papan ulah raga wadya lautan ing Surabaya mêntas ngawontênakên têtandhingan atheletiek ugi wontên lurugan saking Ngayogya. Pangagêng wadya lautan ugi anjênêngi. Ingkang dipun gambar ijèn, punika Tuwan Kusna, ingkang angsal pamênang malumpat ingkang inggilipun 1.725 mètêr.

--- 990 ---

Jagading Wanita

Pêtis

Botên ngêmungakên tumrap bôngsa Jawi kemawon ingkang sami karêm dhahar pêtis, nadyan bôngsa sanès inggih samantên ugi, malah wontên sawênèhipun tiyang ingkang kulina nglêgutakakên manawi dhahar mawi sambêl pêtis, nanging sarêng sawênèh dintên kacocok, lajêng sajak kirang srêg anggèning dhahar, katawis kêmba, nandhakakên araos kirang eca.

Sanadyan para maos sampun botên kêkilapan bab paedahing pêtis, tumrapipun wontên ing dhêdhaharan, ewadene mênggahing pandugi wontên ugi satunggal kalih para maos ingkang dèrèng sumêrêp kadospundi rekanipun andamêl pêtis, mila kaandharakên kados ing ngandhap punika:

Pêtis punika warni-warni, namanipun bêktan saking aslining punapa ingkang kadamêl, kados ta: pêtis urang, aslinipun saking urang, pêtis tongkol, asli saking ulam tongkol, samantên ugi pêtis kêrang, pêtis kupang lan sapanunggilanipun, wondene pêtis daging aslinipun saking daging lêmbu utawi daging sanèsipun.

Damêl pêtis punika ingkang prêlu kêdah ngangge pirantos langsêng. Langsêng punika wujudipun kados tenong ingkang kadamêl êblèg, êsèng utawi têmbaga, ngandhap awangun silit dandang, nginggil mawi tutup rapêt, ing nglêbêt kasukanan sarang. Sarang punika awujud êblèg bundêran salêmbar, wiyaripun angêplêki kubênging awak langsêng ingkang bagian lêbêt, nanging mawi bolongan kathah pating carumplêng.

Langsêng wau ing têngah kadekekan ênggêt-ênggêtan, dados samôngsa sarang kalêbêtakên ing ngriku sagêd kandhêg, trapipun malumah. Mênggah agêng aliting langsêng kenging sakaparêngipun, waton nyêkapi saprêlunipun, sagêd mêling dhatêng para sayang, namung kaangkaha yèn dipun êtrapakên ing bolongan pawon sagêd abên dhamis.

Langsêng wau kaisènana toya tawa ingkang rêsik, watawis sangandhaping ênggêt-ênggêtan sarang, sanginggiling sarang katumpangan ulam ingkang badhe kapêndhêt pêtisipun, upami urang utawi tongkol wontên ing ngriku katata sae, sampun mêsthi kemawon ulam wau sasampuning kakumbah rêsik, tur taksih têlês (ulam anyaran). Ing ngriku katutup rapêt lajêng dipun latoni ingkang ajêg, ngantos matêng sarta tanak saèstu, titikanipun manawi daging lan balung tongkol sampun sami mêprêl, punika pêtisipun sampun sami mandhap. Patrap makatên wau sampun mêsthi kemawon kêdah ngatos-atos, sampun ngantos langsêngipun kasatan, kêdah tansah dipun jogi toya, ngiras nyiram ulam ingkang wontên ing nglêbêt, lan andhaping toya sagêd anggondhol pêtis sarining ulam mangandhap. Amriksanana ulam-ulam tongkol pindhangan ingkang kasade ing pêkên-pêkên, punika daging dalah balungipun sampun sami mêprêl, lah punika sasampuning kaalap pêtisipun. Mila mamawi ulam ingkang wontên ing

--- 991 ---

nglêbêt langsêng wau sampun mêprêl makatên kaêntasa, toyanipun kakêbur lon-lonan supados botên dados intip, kêdah kacêmplungan gêndhis, sarêm tuwin galêpung ingkang alus, nanging sampun ngantos kêkathahên, kaangkaha samurwatipun kemawon, dados patrap wau kados sacaraning tiyang damêl lisah kalêntik.

Latunipun kêdah antèr tur ajêg urubipun, dangu-dangu kêburanipun dados kênthêl, nelakakên badhe dados pêtis, manawi sampun cêkapan lumêripun, enggal kaêntasa, punika sampun nama pêtis, kakêrukan ngangge irus punapa sendhok, winadhahan ing pinggan ingkang sae tur rêsik. Makatên mênggah rekanipun adamêl pêtis urang utawi tongkol. Mila ngangge sarang, awit ulamipun kajagi sampun ngantos ajur, gampil panyadenipun. Wondene tumrap ulam ingkang botên kuwatos ajur, kados kêrang, kupang, daging, lan sapanunggilanipun, punika kenging lajêng kagodhog kemawon.

Sapunika sampun cêkap ing bab andharan pandamêlipun pêtis. Tumrap para dagang pêtis sampun mêsthi kemawon pandamêlipun langkung kathah, pirantosipun langkung agêng, bab punika para maos sagêd anggalih piyambak. Wondene ingkang kêtitik madolakên sangêt, sami-sami pêtis namung pêtis urang piyambak. Ingkang misuwur damêlan Sidaarja, sumêbar dhatêng nagari pundi-pundi, ing dalêm wawrat 1/4 pun, wontên rêginipun 95 sèn minggah, samantên wontênipun ing padunungan kula, kalêbêt pêtis ingkang nomêr satunggal. Pancèn nyata raosipun eca, dhasar inggih murni, botên kathah momoranipun. Dados gênahipun pêtis punika inggih nomêr-nomêran, liripun wontên ingkang eca lan botên, mila mênggahing rêrêgènipun inggih tumut undha-usuk.

Dumugi samantên kemawon andharan kula bab pêtis, botên langkung bilih wontên kêkiranganipun tuna dungkaping ukara nyuwun pangapuntên.

Nirrasa, Kêpanjèn - Malang.

Jagading Sato Kewan

Kasarasaning Sato Kewan

Gêsanging sato kewan punika botên beda kalihan gêsanging tiyang, inggih ambêtahakên bab ingkang anjalari dados gêsangipun, inggih sunikapunika. nêdha, tilêm tuwin kasênêngan, nanging botên kêdunungan budi sampurna kados tiyang, ewasamantên tumrap kabêtahanipun tigang prakawis wau ugi sampun kêcêkap, botên nate gothang. Upami tiyang mangrêtosa, anggèning tumindak ing damêl sato kewan punika ugi anêtêpi wajib, têgêsipun inggih tansah lumintu pados têdha, manawi sakit ajêjampi, lan pados kasênêngan. Nanging sarèhning tiyang gêsangipun botên nunggil papan kalihan sato kewan, dados inggih botên sagêd angyêktosi tuwin botên migatosakên.

Tiyang punika limrahipun dipun wastani gadhah pangawasa, [pangawa...]

--- 992 ---

[...sa,] kajêngipun: sami-sami umat kagadhuhan ngakal budi sampurna, mila inggih sagêd nindakakên pangrèh, pangawasa tuwin sanès-sanèsipun ingkang sagêd ngasorakên sasamining sipat gêsang, saya malih tumraping sato kewan, inggih ingkang galak kêsit kados punapa, tiyang sagêd angêrèh tuwin mêngkoni.

Nanging pangawasaning tiyang wau asring nuwuhakên kalèntu ing tindak, tumrap gêgayutanipun tiyang kalihan sato kewan lajêng ngawontênakên têtêmbungan: aniksa sato kewan. Ing ngriku lajêng katingal bilih tindaking tiyang punika anyulayani kalihan kodrating sato kewan ingkang sampun pinasthi kados ingkang kapratelakakên ing nginggil, kados ta: têdha asring kapiran, sakit botên dipun jampèni, kasênêngan botên dipun sukani.

Tindak kados makatên punika sayêktosipun mèh kalimrah dipun tindakakên ing tiyang, ingkang wosipun namung kangge kasênêngan.

Nanging dangu-dangu tindak araos panyiksa wau inggih lajêng saya suda, malah sagêd ugi lajêng ical, awit tiyang saya kadunungan têpa tuwin sumêrêp dhatêng cara-caraning sanès bôngsa ngeman dhatêng sato kewan, punapadene ngèngêti awisaning nagari ing bab angayomi sato kewan.

Kala rumiyin sangsara-sangsaraning kewan punika botên kados kapal tarikan, tumindaking damêl tanpa ukuran, anggèrèt momotan ingkang wawratipun langkung saking mêsthi, tur sasat tanpa ngaso. Nanging tindak makatên punika pinanggihipun wontên ing jaman sapunika sampun awis-awis, sanadyan wontên inggih namung wontên ing papan ingkang sêpên-sêpên.

Dangu-dangu tiyang saya mindhak sêsêrêpanipun, bilih kewan punika ugi prêlu dipun jagi kasarasanipun, tur sayêktosipun tiyang inggih sampun nindakakên, upaminipun tiyang ngingah rajakaya sapanunggilanipun, punika ing kalaning kewanipun sakit, ugi dipun jampèni, nanging patrapipun anjampèni namung tumindak saking balilu tau. Saha limrahipun namung dipun tindakakên ing kônca padhusunan.

Sasampunipun makatên, kônca padhusunan kêrêp nyumêrêpi wontên tiyang papriksa kalanipun ing padhusunan wontên sêsakit rajakaya. Nanging sêsêrêpanipun inggih dèrèng plong, punapa mênggah kajêngipun anggèning mariksa wau, awit limrahipun namung lajêng ngawontênakên awisan tuwin pangrêksa dhatêng sato kewan, murih sêsakitipun botên nular. Nanging wusananipun inggih mangrêtos, bilih tindak kados makatên punika tindaking tiyang ahli sêsakit kewan, tuwin inggih lajêng mangrêtos bilih dhoktêr.

Saya plongipun malih para sadhèrèk dhusun, sarêng ing padhusunan kêrêp wontên papriksan rajakaya, ngudi indhak saha kasarasaning rajakaya. Punika lajêng mangrêtos, bilih sêsakiting rajakaya punika ugi dipun pariksa kados sacaraning tiyang sakit.

Dangu-dangu lajêng saya sampurna malih, têtiyang sampun botên was sumêlang malih dhatêng ingkang dipun wastani dhoktêr kewan, malah sapunika tumrap ing Batawi sampun dipun wontênakên griya sakit kangge ngupakara kewan ingkang sakit.

--- 993 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Imigrasi

Piridan saking sêsorahipun Radèn Adipati Arya Tirtakusuma, Bupati Karanganyar, tuwin saking sanès-sanèsipun.

(Sambêtipun Kajawèn nomêr 61)

Petruk: Wis, Rèng, rungokna, saiki tak caritani mungguh kaanane ing Kabupatèn Karanganyar. Cacah jiwane Kabupatèn Karanganyar kuwi kurang luwih ana wong 389752.

Garèng: Wiyah, sajake kok kaya mandhor polêksêtèlêng bae, yaiku pakaryan pangetung cacah jiwa. Anggone nyêbutake cacah jiwane, ekan dasane sajak le cè… plis bangêt. Ewasamono kiraku iya isih ana sing kliwatan, kaya ta: sêtêngah bayi, têlung prapat bayi, dadi jiwa sing isih nyang wêtêngan umur 4 utawa 6 sasi, apa iya ora mèlu kêcacah.

[Grafik]

Petruk: Lo, kuwi rak isih jênêng: magang manusa, durung aran manusa têmênan, dadi iya durung mèlu kêcacah. Wis, tak banjurne andharanaku. Cacah jiwane ing Karanganyar kuwi ana 389752 sawahe ana 32889 bau, lan têgalane 28640 bau. Saiki upama pamêtune lêmah têgalan 2 bau kuwi dipadhakake karo 1 bau, dadi lêmah ing kabupatèn Karanganyar, pamêtune padha karo sawah 38972 bau + 1/2 x 28640 yaiku 47209 bau.

Garèng: Mêngko dhisik, Truk, aku tak nyêlani omong. Dadi nèk aku ora kaliru ing panômpa, wong cacahe gunggung kumpul kurang luwih 389752, kuwi mung anjagakake pamêtuning lêmah 47209 bau. Jajal saikine aku tak gawe petungan. Sawah 1 bau kiyi upamane anyukupi kanggo makani wong 5 dadi pamêtuning lêmah ing Karanganyar kuwi mung kêna kanggo nyukupi panguripane wong 5 x 47209 aliyas wong cacahe kurang luwih 236405, dadi turahane, yaiku kurang luwih ana wong 153707 kudu nglakoni dadi Mintaraga, utawa kudu ngêndhat talimurda…

Petruk: Wiyah, iya ora nèk nganti sêmono kuwi, kaya ambaning jagad sagodhong kelor, kok banjur nekad diningrat mêngkono. Lan kowe iya kudu ngèlingi, yèn kajaba wong cacahe 236045 mau, têmtune iya

--- 994 ---

ana sing panguripane sarana buruh. Ing sarèhning ing Karanganyar ora ana pabrik utawa kabudidayan kang gêdhe-gêdhe, saiki wong-wong sing olèh panguripan sarana buruh, upamane bae tak gawe 20% sagunggunging cacah jiwane ing kabupatèn Karanganyar, dadi 20% saka 389752 yaiku nèk dibundêrke 77000, wusana kêkèrènane isih ana wong 389752-236045-77000 yaiku 76797, upama cacah iki dibundêrake, dadi kurang luwih isih ana wong 76000 sing prasasat ora duwe panguripan babarpisan. Wis mêsthi yèn petungan kiyi ora cèplês bangêt, nanging jajal petungan kiyi dipadhakake karo anane wong mondhok, yaiku wong sing ora padha anduwèni lêmah, sing cacahe kurang luwih ana 10000, lan cacahe wong ngindhung, yaiku wong-wong sing ora anduwèni sawah nanging padha anduwèni pakarangan sathithik, sing cacahe kurang luwih ana 51000, kaya-kaya petungan ing ngarêp wong 76000 mau, ora pati adoh saka nyatane.

Garèng: Wah, Truk, aku kiyi nèk ngrungokake petungan sing nganti ewon-ewonan kuwi, pikiranaku sok banjur pating slêbar, sanadyan petungan mung têkan atusan pisan, nèk kabênêr aku iya wis bingung, mulane aku sok anjaluk supaya dietung bundêr bae. Kaya ta upamane: êbonku ing toko gunggung kumpul ana f 7.695. ing sarèhning bribilan kuwi sok agawe bingungku bae, mulane sok tak kon ambundêrake, upamane dibundêrake dadi f 7.-…

Petruk: We, hla kuwi rak bundêr golèk bathèn, sêtun anggone ambundêrake kuwi, upamane utang f 7.695 iya dibundêrake dadi f 7.70, dadi arane bundêr utama, ora bundêr nêdya ngakali sing duwe toko. Sabênêre mono aku ngrêti apa sing dadi karêpmu, yaiku arêp ngandhakake yèn katêranganaku ing bab akèhing cacah jiwane ing Kabupatèn Karanganyar mau, tumrap kupingmu ora pati cêtha. Jajal saiki tak gambare sing luwih cêtha. Miturut petungane Tuwan J.v. Gelderen kang kapacak ing kalawarti Koloniale Studien taun 1922, gêdhening cacah jiwane Kabupatèn Karanganyar kuwi, kêna dipadhakake ing dalêm sakilomètêre - iki jêmbare kira-kira padha karo alun-alun Gambir ing Wèltêprèdhên, yaiku dawa lan ambane 2/3 pal. Diênggoni uwong 524.4.

Garèng: We hla, sêmbrana bangêt Petruk kiyi, ana wong tuwa kathik digonjaki mêngkono, aku mau ngandhakake sêtêngah bayi ora olèh, saiki awake dhewe jêbul ngandhakake uwong pat pra sêpuluh, sêtun-sêtun nèk upas pat pra sêpuluh, hla kuwi aku wis tau mênangi, iya iku wong sing nganggo jasing upas, nanging ngisore bêbêdan.

Petruk: Wiyah, bok aja sok dhêmên ngala-ala nyang panganggoning wong, anggone mung jase thok sing awujud upas, kuwi kiraku rak jalaran saka kêsusune utawa jalaran saka liya-liyane manèh, ana kok banjur diarani: upas pat pra sêpuluh. Dene mungguhing wong 0000 iya wis mêsthi yèn ora anane, kuwi rak mung kanggo petungan bae. rata-ratane sabên sakilomètêr diênggoni uwong 534.4.

Garèng: Mêngko dhisik, Truk, mau kowe

--- 995 ---

madhakake jêmbar sakilomètêr kuwi padha karo alun-alun Gambir ing Wèltêprèdhên. Tumraping aku, sing sabên taun sapisan main dadi wayang wong ana ing Pasar Gambir, iya wêruh ambaning alun-alun Gambir. Balik wong-wong sing durung tau nang Batawi, têmtune rak iya ora sumurup. Mêngko gèk ana sing ngira, yèn ambaning alun-alun Gambir kuwi sak pêndhapane Mas Rana. Êmbok iya kok kandhakna bae pirang bau ambaning alun-alun Gambir kuwi, dadi luwih gamblang.

Petruk: Sakilomètêr pasagi kuwi jêmbare kira-kira 141 bau. Mara pikirên, rata-ratane, wong 524,4 kok uripe mung gumantung marang lêmah ambane kur 141 bau. Wong sêmono kèhe mau iya wis mêsthi yèn ora duwe lêmah kabèh, ana sing wong mondhok, kuli ngindhung, lan sapanunggalane. Nèk miturut katrangane kantor lanrèntê ing Karanganyar, wong tani siji rata-ratane mung duwe sawah 1/2 bau lan têgalan 0,31 bau. Hara, apa iya ora ngrêkasa bêrat kaya ngono kuwi. Mulane tuwuhing imigrasi kuwi aku: amin bangêt.

Garèng: Mêngko sik, Truk, aku saiki arêp ambalèni pitakonku ing ngarêp, yaiku: apa ora andadèkake kapitunane wong-wong sing nagarane bakal digroki kiyi. Yèn nganti imigrasi sida ditindakake kanthi têmênan.

Petruk: Eman bangêt, dene aku ora bisa anjawab pitakonmu kiyi, luwih bêcik kowe pitakona nyang rama bae. Awit ing dina Minggu utawa Sênèn ngarêp iki aku sida bakal lunga nyang Sala. Wis, Garèng, kèri slamêt bae.

Garèng: Wèh, wong ki nèk lagi kabênêran uripe, arêp plêsir bae dilalah iya ana sing nyangoni. Balik aku kiyi blônja sathithik, arêp digolèkake wuwuhan, ora ngêmungake blanjane êntèk, malah pitikku sing lagi angrêm, dilalah kok iya mèlu katut dilotre. Iya, Truk, nyangoni slamêt, nèk wis nang kana, aja lali bae ngabari apa-apa sing anèh-anèh.

[Grafik]

Ing sisih punika gambaripun têtiyang ingkang badhe numpak kapal K.P.M. saking baita alit ing palabuhan Mêntok. Lampahipun sadaya sami rêkaos, awit tansah dipun umbul-umbulakên ing ombak.

--- 996 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah.

Asistèn wadana ical.

Kawartosakên, Mas Supraba aliyas Supraba Kusuma, asistèn wadana ingkang kapiji nyambut damêl ing kawadanan Kapanjèn, Malang, kala tanggal 7 wulan punika kaparingan pamit sadintên, nanging dumugi sapunika dèrèng wangsul. Saking kaparênging pangagêng lajêng dipun kèndêli, kaanggêp kalêpatan nilar wajib, nanging manawi ing têmbe wontên nalar ingkang kenging kangge waton, ugi katêtêpakên malih. Bab punika lajêng nuwuhakên panggrayangan warni-warni, wontên ingkang gadhah pangintên, kesahipun wau jalaran saking nyingkiri pakèwêd ing sadèrèngipun dhumawah.

Parêpatan P.P.I.I.

Pakêmpalan P.P.I.I. mêntas parêpatan momoran, wontên ing Batawi, mawi nyuruhi tamu pilihan, dipun jênêngi wêwakiling parentah saking golongan yustisi tuwin parampara prakawis tiyang siti. Para pamêdhar sabda sami mratelakakên ing bab tumindaking panyêgah èstri lampah awon. Bab tumindaking lampah awon mawi wêwaton cêtha kanthi tôndha saksi ingkang pinanggih. Bab punika sawarnining golongan sami sayuk ambiyantu tumindak ing damêl.

Baita kuwalik.

Ing pasisir sagantên Borneo sisih kidul wetan, nuju ing wanci dalu pêtêng ambêdhêdhêt, wontên kapal K.P.M. nuju lampah ing sungapanipun lèpèn pêgatan, numbuk baitanipun tiyang Madura, saha baita wau lajêng ical, ing baita wau wontên tiyangipun gangsal, ingkang kalih sagêd ngêlangi minggir, ingkang tiga ical, wontênipun baita wau katubruk, amargi botên mawi dilah, têtiyangipun sami tilêm, tuwin jalaran saking santêring toya lèpèn, baita wau manggèn wontên ing margi ingkang badhe dipun langkungi kapal.

Kabêsmèn ing kapal pêrang Sumatra.

Kapal pêrang ingkang kacobi ngêtog lampah sampun kalampahan wilujêng. Nanging sarêng badhe wangsul dhatêng Surabaya, inggih punika ing tanggal 27 wanci jam 3.15 ing nglêbêt kapal tuwuh kabêsmèn, jam 5 enjng latu sampun agêng, lajêng suka tôndha kabêsmèn. Sarêng jam 6.40 latu sampun sirêp, ing sontênipun latu sampun pêjah babarpisan. Lêbêtipun dhatêng palabuhan dipun iring ing kapal sanès. Ing bab anggènipun kapal pêrang wau badhe dhatêng Ostrali badhe kandhêg dangu, awit kathah ingkang dipun dandosi.

Tuwan Gobee.

Kawartosakên, Tuwan E. Gobee, wêwakiling parampara prakawis tiyang siti, kaparingan pangkat residhèn kados tatanan lami.

Radhio tumrap pulisi.

Pirmah Goldberg ngaturakên pirantos radhio dhatêng up komisaris pulisi ing Surabaya, supados masang pirantos wau wontên ing kantor pulisi agêng, laminipun tigang wulan, prêlu kangge cobèn-cobèn tumindaking padamêlan pulisi.

Tamu sêtudhèn bôngsa Jêpan.

Tamu sêtudhèn bôngsa Jêpan ingkang sampun nate kawartosakên ing Kajawèn, sampun dumugi ing tanah Jawi, anjujug Surabaya. Saking Surabaya lajêng dhatêng Sêmarang, numpak sêpur N.I.S. salajêngipun dhatêng Batawi, Bandhung, Garut, Ngayogya. Lajêng wangsul malih dhatêng Surabaya. Saking Surabaya dhatêng Sêmarang N.I.S. nyadhiyani sêpur lêlahanan dalah dhahar pangunjukanipun pisan. Tumrap S.C.S. tuwin S.S. badhe nyukani sudan waragad sapalih.

Kêkirangan toya.

Jalaran saking wontênipun toya ngombe ing Cirêbon asring kirang, Ir. Adams pangagênging watêrsêtat, gadhah usul, supados griya-griya botên kaparêngakên ngangge pirantos watêrlèdhêng, saha têtiyangipun kawajibna damêl sumur, ingkang toyanipun kenging kaombe. Nanging bab punika dipun bantah dening gêmintê, sabab miturut pranatan enggal, tiyang malah dipun wajibakên ngangge pirantos wau. Nanging manawi ing taun punika taksih kêkirangan toya, badhe nindakakên budidaya sanès.

Sêsakit tipês ing Cirêbon.

Mirid kawontênaning papriksan, ing Cirêbon, wontênipun sêsakit tipês taksih mindhak-mindhak. Kawontênanipun lare-lare ingkang dipun suntik sampun 6000, saha taksih andalidir tiyang nêdha dipun suntik.

Ngracun.

Wontên pawartos saking Medhan, kala malêm Minggu kapêngkêr administraturing kabudidayan Kualakrapoh kalihan nyonyahipun, sabibaring nêdha dalu, lajêng kraos sakit wêtêng, kados dipun racun. Jongos tuwin koki ngakêni ingkang nglêbêti sarana, jalaran saking pakèning mandhor tuwin kuli 5, supados mandhor wau dipun dadosakên mandhor agêng.

Pamulangan jurnalis.

Tuwan Tabrani, sawênèhing jurnalis pribumi, ingkang sampun nate dhatêng nagari Walandi sinau wontên ing sêrat kabar warni-warni kangge prêluning kajurnalisan kilèn. Wiwit wulan punika ambikak pasinaon kawruh jurnalis, manggèn ing Gang Kênari, Batawi.

--- 997 ---

Banthèng.

Sampun sawatawis dintên ing pakarangan kabudidayan kaspe Kaligambang, kaprênah êlèr Lodhaya, Blitar, dipun ambah ing banthèng kathah. Banthèng-banthèng wau kêndêl sangêt, ngantos purun nyakêti pabrik. Wontên banthèng satunggal ingkang kenging kasanjata, pêjah. Kacariyos kewan wau taksih kathah panunggilanipun, pating saliwêr wontên kanan kering ngriku.

P.S.I. ing Jêmbêr.

Kawartosakên Tuwan A.M. Sangaji, pangarsa P.S.I. ing wulan punika badhe dhatêng Jawi Wetan, prêlu nuntun parêpatan. Parêpatan wau prêlu nênangi pakêmpalan P.S.I. ingkang sapunika sampun badhe pêjah. Saking pamanggihing ngakathah, ngintên bilih munduring pakêmpalan wau jalaran saking dayaning kabudidayan sata. Mila Tuwan Sangaji gadhah sêdya badhe damêl wêwakil dipun dèkèk ing ngriku, prêlu kangge nanggulangi tindak ingkang ngalang-alangi wau.

Asiah.

Panêmpuhipun wadya parentah.

Syanghai 26 Juli (K.P.). Wadya anggêgana parentah andhawahi bom ing kitha Cèngco ngantos tigang dasa rambahan, lan ugi nindakakên sanjata mêsin. Sêtatsiun sêpur ing Cèngco tuwin up kuwartir Pèngyu Syang karisakan, wontên saradhadhu pintên-pintên dasa nandhang tatu.

Wadya Hanpung Ci ing têngah dalu têmpuh kalihan wadya rêrêsah, migunakakên mriyêm tuwin sanjata.

Komêndhan ingkang nyantosani margi sêpur ing Puko, Cangli Sang, kapatah anjagi tindaking tiyang awon, ugi anjagi bagian wingking.

Pogokan punggawa pos.

Pèiping 27 Juli (Aneta-Nipa). Punggawa pos sami mogok kados ingkang tumindak ing Glasgow, wosipun sami nêdha indhaking balônja, jalaran rêgining salaka mandhap. Sampun sawatawis dintên sami botên purun ngêcapi prangko ing sêrat-sêrat ingkang badhe dipun bêkta mil, nanging tumrap sêrat ingkang kasêsa botên kandhêg.

Kawartosakên malih, bilih juru nglampahakên sêrat pos ing Tinsin ugi gadhah tindak makatên.

Panêmpuh enggal.

Syanghai 28 Juli (K.P.). Wadya parentah sampun wiwit nêmpuh Cinpurilwe, saking têngah, kiwa tuwin têngên, cacahing wadya 150.000 dipun senapatèni Liyu Sih.

Lajêng wontên pawartos saking Yocèng Cun, bilih watês Sucang sampun kenging karêbat, sanjata ingkang kabêskup ewon. Bilih lêstantun pangangsêgipun, gadhah pangajêng-ajêng sagêd ngrêbat Sucang.

Eropah.

Sêsakit lare.

Paris 27 Juli (Aneta-Nipa-Radio). Sêsakit lare ing Alsace Lorraine saya tumular, lare ingkang katrajang mèh 300.

Wartos bab kasangsaran.

Rome 27 Juli (Aneta-Nipa). Cacahipun tiyang kasangsaran miturut pêpetangan opisil, dumugining jam 8 tanggal 26 ingkang pêjah wontên 2142, nandhang tatu 4551. Ugi taksih wêwah malih.

Avellino 27 Juli (Aneta-Nipa). Srinata Emmanuel anggènipun tindak papriksa dhatêng papan kasangsaran lajêng, wanci byar dumugi ing Ariano, angrawuhi padhusunan-padhusunan tuwin papan ingkang sungil-sungil, badhe nulungi têtiyang ingkang sami kurugan.

Jalaran saking wontêning kasangsaran wau, ministêr babagan arta praja, ngundurakên tumindaking pamupuning paos tumrap têtiyang ing papan kasangsaran.

Pêtulungan.

Avellino 28 Juli (Aneta-Nipa-Reuter). Têtiyang ingkang sami nandhang tatu sampun sami dipun bêktani dhatêng griya sakit, tuwin saking sêtatsiun pitulungan, sampun mêndhêti lare-lare lola kabêkta dhatêng griya pamulasaran utawi kakintunakên dhatêng kulawarganipun ing salaladan Itali. Ingkang dipun lilani ngambah papan kasangsaran, namung tiyang ingkang manggih bêbaya tuwin tiyang ingkang mitulungi.

Wangsulan saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 4889 ing Tambak. I. Ingkang angsal lêlahanan punika manawi nglêbêtakên lêngganan 5, namung ambayar 4. II. Dintên Slasa Pon wulan Ruwah 1841 dhawah tanggal 8 Agustus 1911. III. Sêrat kabar ingkang panjênêngan dangonakên mêksa dèrèng angsal katrangan, bokmanawi kalintu namanipun kemawon.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 2347 ing Kintêlan. Tanggal 21-7 kula nampi pos wisêl saking panjênêngan f 3, wasana kaping 26-7, nampi malih inggih samantên. F 3 ingkang kantun punika tumrap Kajawèn kuwartal I lan II taun 1931. Kauningana.

Lêngganan nomêr 2785 ing Bunut. f 3 sampun katampi. Botên ngabarakên ing ngriki, awit botên gêgayutan kalayan bab sanès-sanès ingkang prêlu. Mindhak ngêbak-êbaki papan, nun.

Lêngganan nomêr 2981 ing Têgalgônda. Dhuplikat 58t/m60 sampun kakintun. Punapa adrès M. Sastrosendjojo punika botên lêrês.

--- 998 ---

Wêwaosan

Sêrat Ramayana

3.

[Dhandhanggula]

lan kanyatan kalamun rasêksi / kang ngrêrusak têntrêming pratapan / anggêgodha salamine / kongsi mawèh margiyuh / mring sanggyaning para sêmadi / nanging sawusing sirna / ingkang para diyu / mêksa prapta tanpa pêgat / anggili lir praptaning kang toya mili / angêlèbi pratapan //

mung Sang Rama tan pisan gumingsir / nadyan wuwuh kongsi sèwu lêksa / mêksa sirna sakabèhe / datan pae sinapu / satêmahan sirna agusis / riwusing paripurna / nênggih sang awiku / asêsanti jaya-jaya / tanpa pêgat anggung ngalêmbana luwih / maring sang prawirèng prang //

kang minôngka tandhaning suka sih / sang pandhita ngaturi gêgaman / kang mawarna sarwa sae / samya pusaka luhung / kang salami pinundhi-pundhi / datan kêndhat nambrana / lan mudya gumrumung / Sang Rama dahat pinudya / kang satuhu satriya tungguling jurit / wimbuh maksih taruna //

II. Gandhewa pusaka.

[Sinom]

samana satriya Rama / têntrêm nunggil sang maharsi / kalangkung dèn êla-êla / wusana Sang Rama myarsi / kalamun wontên aji / kang dahat dibya linangkung / nama Prabu Janaka / prajanira ing Mitili / misuwur yèn kagungan sanjata dibya //

yèku awarni gandhewa / asli saking dewa luwih / kagunganira Hyang Siwah / tumurun pinaringkên mring / lêluhurirèng aji / kongsi praptèng mangke lulus / dinarbe sri narendra / Sri Rama ing dalêm batin / kumacèlu ing mangkya arsa uninga //

amarêngi duk samana / kalamun sang maharêsi / arsa sowan Sri Janaka / Sang Rama dahat minta sih / maring sang maharêsi / yèn parêng arsa tumutur / sowan Prabu Janaka / sang awiku nayogyani / wosing karsa mung kèlu arsa uninga //

yèku warnining gandhewa / kang dahat kasrusèngkasusrèng. bumi / sang wiku mangayubagya / malah kapanujwèng galih / awit sang rêsi ugi / wus darbe cipta ing kalbu / sri Ramarsa ginawa / umarêk natèng Mitili / angêdêgi wêdharing kang sayêmbara //

yèku Sang Prabu Janaka / wus akarya pasanggiri / mring pangeran kang kawawa / amênthang langkap sayêkti / antuk ganjaran aji / tinariman putranipun / putri endah ing warna / pêparab Sang Sita Dèwi / wus misuwur sapraja tan ana madha //

awit sang wiku wus ngira / lamun Sang Rama ngrampungi / lan wus pantês yèn anggarwa / marang putri ing Mitili / dadya aran mêthuki / ciptaning kêkalihipun / baya wus karsèng dewa / mêdhar eloking sasami / datan kêni ginayuh lawan pangira //

samana nuli budhalan / Sang Rama miwah sang rêsi / ing marga tanpa sangsaya / pra janma kang samya uning / tan kêndhat atur puji / mring tindakira sang wiku / miwah satriya Rama / kang mêntas unggul ing jurit / tansah antuk pambagya samarga-marga //

ing mangkya murwèng carita / jatinira Sita Dèwi / dumadi sing kaelokan / mangkana purwane nguni / nênggih sri narapati / Mitili dahat misuwur / adil miwah waskitha / cinakêt maring dewadi / myang rahayu lulus tinêngga ing bagya //

sri narendra datan kêndhat / dènira ulah samadi / kacarita duk samana / sri narendra amarêngi / adhudhuk-dhudhuk siti / arsa mangun papan luhung / môngka bale pamujan / dupi pandhudhuking siti / wusing lêbêt wontên wanodya katingal //

jumêdhul saking bantala / dahat sulistya ing warni / datan wontên kang uninga / mawèh kampitaning ati / ngadêg nèng ngarsa aji / umèsêm sarwi umatur / mugi nata marêngna / ambêkta kondur mring puri / lan sri nata parênga amundhut putra //

sri narendra panudyèng tyas / nulya pinundhut sang putri / tinunggilkên lan pêputra / anèng sajêroning puri / winruhkên silastuti / tataning putri kadhatun / wêkasan sang kusuma / wus tan pae putri aji / myang sri nata ugi dahat ing sihira //

nanging sri nata sihira / ing sêmu winoran ering / dening umèngêt sanyata / praptanira sang suputri / anèng praja Mitili / kanthi kaelokan luhung / datan kêni kinira / marma pantês dèn wastani / yèn sang putri paringe ibu pratala //

mangkya dupi wus diwasa / sang prabu nulya anggalih / mikramakakên sang rêtna / nanging tan wontên nujoni / wusana pasanggiri / singa pangeran kang punjul / kawawa mênthang langkap / pasthi jinodho sang dèwi / yèku môngka ganjaraning sayêmbara //

wus kathah putraning nata / kang samya ngayati kardi / nanging cabar tanpa karya / tan pisan bangkit ngrampungi / nadyan mung ngangkat ugi / tan kuwawi sanggyanipun / têmah mung antuk wirang / mundur palarasan aglis / parandene kang prapta datanpa kêndhat //

nulya Risang Rama prapta / minta arsa angayati / samana punang gandhewa / gumlethak sajroning pêthi / nèng nginggiling padhati / rinêngga sêkar sarwa rum / Sang Rama nulya ngasta / gandhewa mung cinangkiwing / ènthèng ampang lir godhong pari kewala //

Sang Rama nuli tumandang / umênthang gandhewa luwih / kanthi angêtog karosan / gumêrot anggêgirisi / bumi kadi agonjing / mawèh giyuhing sadarum / têmah punang gandhewa / atikêl dadya kêkalih / samya gawok sadaya ingkang uninga //

ing samangkya wus kanyatan / Sang Rama tuhu linuwih / dene angêntasi karya / wênang mênthang tikêl kalih / môngka wus dèn ayati / para satriya linangkung / gagah sarwa prakosa / nanging tan pisan nguwisi / ing wusana pinangguh sarwa sakeca //

kalangkunganing Sang Rama / dadya tôndha wus pinasthi / lamun jatukrama lawan / putri adi ing Mitili / apan makatên ugi / mênggahing sang kusumayu / mung pantês dhaup lawan / satriya punjul ing bumi / myang prajurit kadi sang satriya Rama // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [999] ---

Ôngka 63, 10 Mulud, Taun Jimawal 1861, 6 Agustus 1930 Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50. Bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Palabuhan ing Kotabaru

[Grafik]

Gambar nginggil punika kawontênanipun palabuhan ing Kotabaru, Sumatrah. Tiningalan ing wanci sontên.

--- 1000 ---

Raos Jawi

Wahyuning Ratu Punika Botên Kenging Ginayuh

Mirid suraosing wêwarah ing nginggil punika, kados para maos sampun botên kêkilapan dhatêng kajêngipun. Dene kajêngipun botên kenging ginayuh, botên kok lajêng tiyang botên kenging anggayuh, inggih kenging kemawon, nanging dumugi lan botênipun, walahu alam.

Jalaran saking wontênipun têtêmbungan ing nginggil punika, mênggahing kawontênanipun nata, ing jagad pundi kemawon, asring wontên lêlampahanipun ingkang elok-elok. Manawi tumrap lêlampahan ingkang katingal adhakan lajêng dados cêcariyosan, inggih babad, dene ingkang botên katingal, inggih namung dados cariyos pagêdhongan kemawon. Têgêsipun cariyos pagêdhongan, punika cariyos ingkang botên kawêdhar wontên ing jawi. Nanging mênggahing pangintên, satunggal-satunggaling nata punika tamtu wontên cêcariyosanipun, ingkang gêgayutan lêlampahan wigatos.

Tumrapipun lêlampahan ingkang cêtha, pinanggihing cêcariyosan tamtu adamêl ebahing pangraos. Murih têrangipun, ing ngriki damêl andharan sawatawis mênggah lêlampahaning para nata ingkang dados cêcariyosan.

1. Rêbatan wahyu karaton, tumrap cêcariyosan Jawi.

Para maos mugi botên cuwa ing panggalih, ing ngriki badhe nyariyosakên cariyos Damarwulan, ingkang salugunipun sampun kêlimrah sangêt, nanging ugi mawi dipun wêwahi wawasan sakêdhik namung mêndhêt saking pangintên-intên.

Mirid ing cariyos, Radèn Damarwulan punika sangêt anggènipun kasakit-sakit, ingatasing putra patih ngantos mèh ical talêring putra patih, kalampahan ngabdi dhatêng kapatihan kemawon inggih dipun sapèlèkakên sangêt, ngantos namung dados pangarit. Tur ingkang dipun suwitani, Kyai Patih Logêndèr punika inggih pamanipun piyambak, ewadene botên pisan-pisan mitulungi, malah ambalêsêkakên pisan, supados Radèn Damarwulan sampun ngantos katingal. Dene wontênipun purun nampèni, bokmanawi namung jalaran saking gêgayutan kapenakan, sampuna gêgayutan tamtu botên purun kanggenan.

Nanging mênggahing Radèn Damarwulan, sanadyan sampun ngrumaosi ing apêsipun, ing pangintên pancèn sampun kadhêdhêran wiji gadhah panjôngka, nanging panjangkanipun dipun saranani wêrit sangêt, mila sanadyan manggiha lêlampahan kados punapa, inggih dipun tampèni kanthi panarimah têrus lair batos. wontênipun Radèn Damarwulan kenging dipun gagapi gadhah cipta kados makatên, tamtunipun sampun mangrêtos dhatêng sulak-sulaking jaman, inggih punika kawontênaning praja, ingkang rumaos kaconggah anggayuh ngarah kanugrahan. Lan malih botên mokal saupami Radèn Damarwulan inggih sampun angsal [ang...]

--- 1001 ---

[...sal] wisiking para linangkung, caranipun sawung wontên ingkang ambotohi, wah mênggahing tatanipun Jawi, Radèn Damarwulan anggènipun nyaranani kanthi kasutapaning sinatriya. Dados mênggahing wahyu, sanadyan taksih geyong-geyong dèrèng kantênan dhawahipun, nanging Radèn Damarwulan sampun kanggenan sarana ingkang mikantuki.

[Grafik]

Radèn Layang Kumitir.

[Grafik]

Radèn Layang Seta.

Gêntos Kyai Patih Logêndèr, wantuning patih, tamtunipun mênggahing nalaripun inggih matêng, wah mawi kasampiran panguwaos, tamtu botên kewran nindakakên rekadaya ingkang badhe mikantuki. Dene sêdyanipun botên sanès badhe mikantukakên putranipun kêkalih ingkang nama Radèn Layang Seta lan Layang Kumitir. Manawi kapiridakên saking kamelikan punika, têrang bilih anggènipun kyai patih maeka dhatêng Radèn Damarwulan punika, prêlu badhe mikantukakên putranipun piyambak, mila dipun angkah nyingkirakên ingkang kinintên badhe makèwêdi. Nanging tindakipun kiyai patih ingkang makatên wau, tumrap raos Jawi, lajêng katingal pangambahipun dhatêng lêpat. Dados mênggah sarananing ngarah wahyu, pun wahyu saksat dipun singkirakên têbih.

Dene ingkang dados lesaning pangarah, inggih punika Ratu Ayu, nata kênya ing Majapait. Mila sang nata kaupamèkakên lesan, awit sintên ingkang mêngku panjênênganipun, kajawi nama sampun manggih kabêgjan agêng, wontên kamelikanipun ingkang amêngkoni, sagêd ugi angêmbani ratu utawi jumênêng ratu. Mila sintên ingkang botên nêdya melikakên manawi pancèn kaconggah. Nanging

--- 1002 ---

para maos sampun kasupèn, bab punika lajêng nama gêgayutan wahyuning karaton.

Mênggahing nalar, mokal sangêt saupami Radèn Damarwulan sagêda gadhah pamênang ingatasing panjôngka, gèk ingkang kangge mênang kemawon punapanipun. Dilalah, Radèn Damarwulan malah anêrak kalêpatan, wanuh kalihan putrinipun kyai patih nama Dèwi Anjasmara. Sarêng kadênangan lajêng dipun kunjara pisan. Tumrap ingkang botên rêmên dhatêng Radèn Damarwulan tamtu mungêl: Sukur.

Kados punapa kasangsaranipun Radèn Damarwulan, anggènipun ngawula sampun botên angsal manah, lajêng dipun kunjara saking manggih kalêpatan, wah malih ingkang ngunjara mêngsahipun, tamtu lajêng sêg kemawon.

Nanging sayêktosipun kaelokan ingkang dèrèng lair, punika angèl dipun gagapi ing tiyang limrah, sagêdipun namung mastani awon dhatêng Radèn Damarwulan, punapaa sampun anglampahi masuh sarira kados makatên, têka mawi salah damêl barang, inggih kajêngipun dipun raosakên. Mila kalanipun punika Radèn Damarwulan inggih namung nyêkêkrêk wontên ing patikusan.

Mênggah sajatosipun sadaya wau, sarêng sampun sèlèh cariyosipun, sawarnining lêlampahan ingkang pinanggih ing Radèn Damarwulan, têtêp namung dados paraboting andumugèkakên panggayuh.

Urutipun makatên, inggih sampun dilalah punika, nagari Majapait dipun têmpuh ing mêngsah sêkti, Prabu Urubisma, ingkang ugi melikakên narendra putri. Sanadyan lêlampahan punika sayêktosipun sakawit botên gathuk kalihan lêlampahanipun Radèn Damarwulan, nanging ugi dados gathuk. Dene gathukipun wau, sang prabu kênya angsal wangsiting dewa, bilih ingkang sagêd nyirnakakên mêngsah wau tiyang nama Damarwulan, saha sang prabu lajêng dhawuh dhatêng Patih Logêndèr, ngupadosi tiyang wau, mênggah cêthaa, dhawuhipun sang prabu kêncêng sangêt, mawi pangandika: Poma, poma.

Wantunipun tiyang dhêdhasar lêpat, sarêng kyai patih mirêng dhawuh makatên wau malah lajêng matur manawi Damarwulan sampun wontên kapatihan. Sasampunipun matur makatên wau, kaduwungipun kyai patih kados punapa, sampuna nama saru, lambenipun kados dipun wênyêt-wênyêta piyambak, dene têka mungêl kados makatên. Nanging lajêng kadospundi, saupami bubur sampun botên kenging dipun liwêt malih. Cêkakipun kalampahan, Radèn Damarwulan dipun sowanakên sang prabu, saha lajêng kautus ambêdhah Balambangan, nagarinipun Sang Urubisma, kanthi dhawuh mundhut sirahipun Sang Urubisma wau. Lajêng bidhal.

Sapunika pun manah jail muthakil, inggih punika kyai patih, wiwit nindakakên kamuthakilanipun. Putra kêkalih Seta lan Kumitir kadhawuhan nyêgat lampahipun Radèn Damarwulan. Kalampahan radèn kêkalih sagêd ambegal Radèn Damarwulan ingkang wangsul saking Balambangan sampun angsal damêl, ambêkta sirah, Radèn Damarwulan dipun pêjahi. Tamtu kemawon, tiyang satunggal têka dipun kalihi, mêsthi tiwas. Cêkakipun sirah kaaturakên sang prabu, ngakên anggènipun nigas piyambak.

Nanging, wusananipun jêdhul, Radèn Damarwulan jêbul gêsang malih, caranipun jaman kadhoktêran, bokmanawi [bokma...]

--- 1003 ---

[...nawi] Radèn Damarwulan namung schijndood. Cêkakipun ing ngriku lajêng dados gègèr. Dene wêkasanipun sawarnining para cidra kêwêlèh sadaya, malah Dèwi Anjasmara tumut dados prabot ngêlèh-êlèhakên. Dene wêkasanipun, Radèn Damarwulan anggarwa prabu kênya, tur jumênêng nata.

Kados makatên mênggah gawating wahyu karaton, sanadyan dipun araha kanthi rekadaya kados punapa kemawon, manawi botên titis, inggih malèsèd.

Kados makatên ingkang pinanggih ing cêcariyosan Jawi.

Kawruh Padhalangan

I.

Nyambêti andharan bab kawruh padhalangan ing Kajawèn, ôngka 53. Pancènipun ing batos kula ragi rikuh dhatêng para sarjana, dene cumanthaka kula damêl jerengan bab kawruh punika wontên ing udyana ngriki. Botên langkung mugi para nupiksa karsaa paring palimarma, yèn wontên kalintuning andharan kula punika, lan ing panuwun kula mugi lajêng karsa anglêrêsakên saha mêwahi kêkiranganipun. Jêr tuwuhing sêdya kula punika botên pisan-pisan mêdal saking manah dêksura, nanging namung margi saking trêsna, tuwin badhe ngluhurakên warisaning lêluhur Jawi. mila saklangkung panuwun kula dhumatêng panjênênganipun rama rêdhaktur, dene sampun amarêngakên, paring papan ing Kajawèn ngriki.

Mênggah ingkang sampun kawulangakên wontên ing pamulangan Abirandha ing nagari Mataram, tiyang andhalang ringgit wacucal punika sasagêd-sagêd kêdah amumpuni 12 prakawis.

1. Tutuk, sadaya cariyos kêdah ingkang gathuk (sambêt) ngajêng wingkingipun sampun ngantos salisir.

2. Lagu, kêdah sagêd suluk dhatêng punapa mêsthinipun tiyang andhalang.

3. Sabêt, yèn anglampahakên wayang kêdah ingkang trampil.

4. Gêndhing, kêdah ngrêtos dhatêng sadaya gêndhing ingkang kangge jêjêran wayang.

5. Crita, kêdah sagêd cariyos ingkang têrang manut asal-usuling ringgit, tuwin lampahaning ringgit.

6. Tanduk, kêdah sagêd ambedakakên dhatêng suwaraning wayang satunggal-satunggalipun, miturut wandanipun.

7. Cucut, ingkang sagêd anggujêngakên. Nanging lêlucon sampun ngantos anggêpok wangkong, saha ingkang botên anggigoni.

8. Cancut, sampun ngantos kèthèr, samukawis sagêda cekat-cèkêt.

9. Laras, ngênging suwara sagêda rujuk lan ngênging gôngsa.

10. Lathut, ingkang sagêd nyantuni raosing para ningali. Raos bingah tuwin susah. Cêkakipun [Cêkaki...]

--- 1004 ---

[...pun] ingkang sagêd amranani.

11. Sabda, sagêd damêl têtêmbungan ingkang sae, cêkak aos, tuwin mangrêtos dhatêng têmbung Kawi.

12. Saguh, ingkang tumêmên sampun andaleya, utawi sêmbrana. Anggènipun nyolahakên wayang ingkang cocog kalihan wangunipun.

Kajawi 12 bab punika, rèhning kawruh padhalangan punika adhêdhasar kawruh kabatosan, dhalang ugi kêdah sampun lêbda dhatêng bab ngèlmu raos, supados gothak-gathukipun botên tuna-dungkap. Yèn mênggah mulabukanipun, pancèn dhalang punika satunggaling guru, utawi tukang sêsorah, ingkang badhe mêncarakên kawruh, rekanipun warni-warni, murih sagêd anggèndèng dhatêng manahing tiyang kathah.

Rêrangkènipun ringgit (wayang)

Rêrangkènipun ringgit wacucal inggih punika:

1. Kêlir.
2. Gadêbog.
3. Balencong.
4. Gôngsa.

Nadyan prabot-prabot punika sadaya ugi nawung pasêmon kawontênaning gêsang. Mila winastan wayang, sajatosipun wêwayanganing gêsang.

1. Wayang, punika gambaripun pôncadriya.
2. Kêlir - angên-angên.
3. Gadêbog - raga.
4. Balencong - pramana (pandulu).
5. Dhalang - karsa.
6. Ingkang ananggap - Sang Hyang Karsa, inggih gêsang sajati.

Bab punika yèn prêlu ing wingking kemawon kalajêngakên.

Pakêm padhalangan.

Pathokaning andhalang, nglampahakên wayang (ringgit wacucal) punika ingkang dipun angge waton, nglampahakên ringgit sadalu, watawis sadasa jam. Kintên-kintên wiwit jam 8 sontên dumugi jam 6 enjing.

Têtêping andhalang kêdah nandukakên patrap tigang prakawis:

1. Nglampahakên ringgit. Inggih punika wêwatoning ringgitan sadalu, kêdah anindakakên lampah gangsal warni:

Ha. Jêjêran.
Na. Sampakan.
Ca. Gara-gara.
Ra. Tayungan.
Ka. Tutup kayon.

2. Carita. Anjalèntrèhakên asal-usuling ringgit. Nyariyosakên lampahan ingkang urut, saha patitis.

3. ôntawacana. Inggih punika mocapakên ringgit, mawi dipun rangkèni suluk. Kados ta: lagon, kawin, ada-ada, sapanunggilanipun.

Badhe kasambêtan.

S. Purwawiyata, Wêlèri. K. 3018.

--- 1005 ---

Wawasan tumrap Volkstelling

Ambiyantu Volkstelling punika atêgês anrêsnani siti wutah rahipun.

Sèwu sukur sangêt, dene ing sapunika dayaning sêsorah warni-warni ingkang sumêbar saindênging tanah Indhia, dangu-dangu saya adamêl pangrêtosaning tiyang, ingatasing pakaryan cacah jiwa inggih Volkstelling. Bab ingkang kados makatên punika pancèn sampun lêrêsipun, awit, sanadyan prakawis kabêtahan ingkang rèmèh pisan, kados ta: balegriya, wande, kêbonan, patukangan tuwin sanès-sanèsipun, tiyang inggih kêdah nindakakên petangan, prêlu kangge ngintên awon saening pikantukipun, tumrap ingkang sampun kalampahan utawi dèrèng.

Punapa malih tumrapipun Volkstelling, nama prêlu umum, ingkang gêgayutan kalihan kawontênan bingah susahing rakyat sadaya. Tumrapipun tiyang ingkang mangrêtos, tamtu botên badhe nyapèlèkakên.

Saya malih saupami rakyat mangrêtos, bilih namung tindaking Volkstelling kanthi satiti, ingkang sagêd ngajêngakên nagari wutah rahipun, murih sagêd angêmori kalihan golongan nagari kamajêngan, ingkang dipun wastani gadhah kasusilan.

Ingkang makatên punika, tumraping rakyat ingkang tumêmên angudi kawilujênganing Indhia ngriki, tamtu dhangan mitulungi tumindaking damêl para punggawa Volkstelling, suka sawarnining katrangan ingkang dipun kajêngakên kanthi cêtha awijang, ingkang badhe kalêbêtakên ing cathêtan.

Jalaran saking agênging waragad tuwin pakèwêding padamêlan Volkstelling wau, mila tumraping nagari sanès, ingkang kathah namung katindakakên ing dalêm sadasa taun sapisan. Makatên ugi tumrap ing ngriki. Mila inggih badhe kapanggih nyatanipun, bilih pambiyantu ingkang kapratelakakên ing nginggil, tumrapipun Volkstelling, agêng sangêt pikantukipun.

Têtiyang botên prêlu kuwatos suka katrangan satunggal-satunggaling bab ingkang dipun pitakèkakên, awit sadaya wau botên badhe kalimrahakên. Wontênipun ing kantor agêng Volkstelling ing Wèltêprèdhên, sawarnining katrangan alit-alit, sagolong-golonganipun kakalêmpakakên ngantos dados gunggungan agêng. Inggih gunggungan agêng wau ingkang badhe dipun limrahakên. Panggunggungipun wiwit saking pêpetangan satunggal-satunggaling dhistrik, ngantos dumugi gunggungan sa-Indhia.

Dados namaning tiyang tuwin pakaryanipun, botên kapratelakakên ing ngriku. Dene ingkang dipun sumêrêpi namung gunggunganipun kemawon, upami bas tukang batu wontên samantên, sudagar wontên samantên tuwin sanès-sanèsipun. Sasampunipun pinanggih gunggunganipun wau, cathêtan tuwin pratelan-pratelan sadaya kenging kabucal utawi karimat têtêp, babarpisan botên kenging kalimrahakên.

Sawarnining katrangan ingkang dipun kajêngakên dening Volkstelling punika ugi atêgês sêsuluh tumrap parentah [pa...]

--- 1006 ---

[...rentah] lan dados sarana kangge ngajêngakên rakyat dhatêng kamajêngan tuwin kawilujêngan. Dados manawi katrangan wau botên sampurna, parentah tamtu botên sagêd nindakakên wajib salêrêsipun, ingkang pinanggihipun andadosakên kapitunan tuwin kamunduraning rakyat. Amila rakyat ing Indhia kêdah sayuk nyambut damêl sêsarêngan, sampun ngantos manggih kapitunan.

Sagêd ugi wontên tiyang ingkang gadhah pangintên, bilih anggèning punggawa Volkstelling nakèni umur-umuran, namung kaanggêp sêmbranan. Pangintên makatên wau lêpat sangêt, awit pitakenan wau agêng sangêt pigunanipun, inggih punika kangge nyumêrêpi gunggunging tiyang ênèm, lare-lare, ingkang badhe dipun galih ing parentah, upaminipun ing bab padunungan tuwin sêkolahanipun. Prêlunipun murih gêsangipun ing têmbe wilujêng, sampun ngantos kuciwa wontênipun ing pasrawungan umum.

Lan malih pitakenan ing bab pakaryan, ugi agêng pigunanipun, awit parentah sagêd nguningani saking katrangan wau: ing bab wontêning sawarninipun padamêlan ingkang majêng tuwin botên, ingkang pantês dipun tuntun utawi dipun cêgah. Tuwin sanès-sanèsipun. Wosipun sadaya wau mêngku piguna agêng.

Jalaran saking kawontênan ingkang kados makatên punika, samôngsa-môngsa Volkstelling katindakakên, môngka wontên tiyang ingkang anjarag suka katrangan botên lêrês, utawi botên purun suka katrangan dhatêng punggawa panacah jiwa wau babarpisan, jalaran saking samar utawi ajrih. Tiyang ingkang kados makatên wau kenging dipun wastani rupak budinipun utawi dosa dhatêng nagari wutah rahipun, botên beda kados pêpindhanipun tiyang sakit, ingkang anyiksa badanipun piyambak, jalaran ngumpêtakên sakitipun, botên katêdahakên ing dhoktêr, môngka dhoktêr wau ingkang badhe anjampèni.

Lan murih budi rupak tuwin kalêpatan wau botên katindakakên, parentah lajêng ngawontênakên pangancam, sintên tiyangipun ingkang gadhah tindak kados makatên ingkang gêgayutan kalihan Volkstelling, dipun gantungi ukuman kunjara dangu-dangunipun kawan wêlas dintên, utawi kadhêndha kathah-kathahipun tigang atus rupiyah.

Minôngka wawasanipun para maos, kauningana: Volkstelling punika tumrap ing nagari-nagari ingkang inggil kasusilanipun, kaanggêp dados kabêtahan ingkang wigatos sangêt, ing ngandhap punika wontên turunan dhawuh saking parentah Egypte (Mêsir), katitimasan kaping 10 Pèbruari 1917, inggih punika nalika parentah nindakakên etangan cacah jiwa ingkang kaping wolunipun, tumindak ing wulan Marêt taun wau, Jawinipun makatên:

Tumindaking pangetung cacah jiwa ing tanah Mêsir kang bakal tumindak ing malêming tanggal 6/7 Marêt, bisa tinêmu bêcik, manawa saperangan gêdhe tuwuh saka kêkarêpan kang suci lan pambiyantuning rakyat kabèh kanthi eklas.

Ing bab nacahake jiwa iku pancèn sawijining papriksan kang waragade akèh bangêt, lan gêdhe bangêt pigunane tumrap Statistiek, kang katindakake dening parentah, lan kang dadi kabutuhan gêdhe tumraping rakyat. Kang iku tumrap sakabèhing

--- 1007 ---

rakyat wis bênêre yèn bab mau dadi kuwajiban lan kabutuhane ingatase pitulungan kang bisa katindakake.

Saupami têtêmbungan: tanah Mêsir tuwin malêming tanggal 6/7 Marêt, ingkang kasêbut ing dhawuh wau dipun santuni: tanah Indhia tuwin tanggal 22 Sèptèmbêr dumugi 7 Oktobêr 1930, dhawuh wau tamtu kenging kapindhakakên kados dhawuhing parentah ing Indhia ngriki.

Jagading Wanita

Rêmis

Mênggahing pandugi botên sok tiyanga sumêrêp punapa ingkang dipun wastani rêmis, awit sasumêrêp kula piyambak sanajan ing pundi-pundi panggenan botên mêsthi wontênipun, kilap punapa pancèn taksih dèrèng sumêrêp utawi mangrêtos bilih rêmis wau kenging katêdha, kilap manawi pancèn botên doyan, mila awis sangêt ingkang purun amilala. Ingkang punika kêpêksa bab wau kula udhokakên ing Kajawèn ngriki, bokmanawi wontên paedahipun.

Rêmis punika kêgolong bêbujêngan toya, awit pamanggènipun ing dhasaring lèpèn, amor kalihan wêdhi, bangsanipun kijing, kêrang, kupang, sapanunggilanipun. Mênggah wujudipun ingkang ngêplêki namung kupang, nanging kaotipun kupang alit-alit (lêmbat) dene rêmis ragi groboh, ingkang agêng nyakêmiri, warnining cangkangipun yèn taksih ênèm jêne, saya agêng saya sêmburat abrit, bilih sampun sêpuh saèstu anggadhahi warni abrit cêmêng. Agêng alit cangkang wau anggadhahi cahya gilap sumorot, wangunipun ambalêndhuk.

Yèn kapandhing kalihan kijing, rêmis kawon agêng, kawon wiyar, dene bab têtangkêbaning cangkang kapetang sami, botên beda kalihan kêrang. Dados gênahipun rêmis punika wungkul, lan kenging ugi kasêbut kêrang kali.

Sasumêrêp kula piyambak ingkang wontên rêmisipun punika namung ing saurutipun lèpèn Brantas, bawah Malang, ingkang limrah kathah wontên tiyang ngalap rêmis, inggih punika salêbêtipun wêwêngkon dhistrik Kêpanjèn. Dene kupang wontên ing bawah Sidaarja. Kalih-kalihipun wau sami kenging kangge panggaotan alit-alitan, utawi namung sambèn kemawon, awit kasade inggih pajêng, sabab yèn kaolah raosipun eca, kangge lawuh nêdha.

Ing nginggil sampun kula aturakên bilih pamanggènipun rêmis punika wontên ing wêdhi, mila sanajan toyaning lèpèn wau agêng, têtiyang taksih sagêd mêndhêti sarana gogo, ngangge pirantos irig, wêdhi-wêdhi ingkang sami kèndêl wontên ing papan lindhuk, punika dipun soroki, lajêng dipun kosèk ngênggèn, dados pun wêdhi sami marojol rêntah ing toya, kantun rêmisipun dipun pêndhêti, makatên awongsal-wangsul ngantos angsal rêmis kathah. Makatên ugi rekanipun tiyang ngupados [ngu...]

--- 1008 ---

[...pados] kupang. Wondene manawi toyaning lèpèn wau surud, ing ngriku asring wontên pasir ngundhuk-undhuk kados gumuk, tarkadhang wontên ing gêgisik, prêlu kanyatakakên dening têtiyang ingkang sami ngupados rêmis utawi kupang, titikanipun gampil sangêt, inggih punika yèn pasitèn pasir wau katingal pating carumplêng mawa bolongan alit-alit, punika nandhakakên yèn wontên rêmis utawi kupangipun, ing ngriku dipun kêruki kawadhahan ing irig lajêng kagembang (kakosèk) kados ing ngajêng, utawi namung dipun sirati mawi toya kemawon, wasana katingal rêmisipun pating pandhikil dipun pêndhêti. Sasampuning angsal kathah nuntên kasade utawi namung prêlu kaolah piyambak.

Mênggah pangolahipun makatên: rêmis wau winadhahan ing pangaron, kasukanan toya (dipun êkum) watawis tigang jam, pamrihipun supados sami mutahakên rêrêgêdipun ingkang wontên ing nglêbêt cangkang, langkung dangu inggih langkung rêsik, mila toyanipun prêlu dipun sontan-santuni, botên beda kados ngrimati kêrang badhe kaolah. Yèn rêmis wau sampun kakumbah rêsik lajêng dipun godhog samatêngipun, cangkang-cangkangipun tamtu lajêng sami mangap, dagingipun kathah ingkang uwal piyambak saking cangkang, warninipun pêthak mêmplak. Dene yèn daging wau taksih kathah ingkang kêlèt dhatêng cangkang, panggodhogipun kêdah katêrusakên ngantos molak-malik, kaudhêg utawi kakêbur inggih kenging, dados enggal coplokipun. Sasampunipun makatên kaêntas, toya kailing, cangkang lan daging kapilah-pilahakên. Yèn wontên satunggal kalih ingkang taksih kêlèt, kêdah dipun cupliki, cangkang kabucal.

Sapunika sampun dados dagingan rêmis ingkang rêsik, lajêng dipun bumboni sakêparêngipun, punapa badhe kabothok, kapelas, kagorèng mawi lisah kalêntik, inggih tansah mathuk kemawon. Namung manawi badhe kagorèng prêlu dipun uyah asêmi langkung rumiyin mawi kunir, lajêng kaêpe supados ragi kêsat, dados botên patos nêdha lisah.

Sawênèh wontên ingkang mungêl bilih ulam rêmis punika gandanipun amis, makatên punika gampil sangêt pambiratipun, inggih punika ing sadèrènging kabumbonan kêdah kakukus rumiyin, pratikêlipun rêmis wau winadhahan ing kobokan panci (êsèng), kadekekan kêthokan kunir, brambang bawang, lajêng katumpangna ing papan pangukusan (kaêdang). Langkung utami malih yèn sadèrèngipun wau kakumbah mawi toya cokak Walandi rumiyin.

Mênggah ulam rêmis punika raosipun kêsêt, botên beda kalihan kijing, kêrang sapanunggilanipun, lowung kangge cagak bêtahing lêlawuhan nêdha. Bab ecaning raos botên prêlu kula aturakên, jêr bakunipun namung dumunung wontên ing bumbu, mila namung gumantung para putri anggènipun ngabên-abêni. Mila lugunipun sok dados idham-idhaman.

Nirrasa. Kêpanjèn - Malang.

--- 1009 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Imigrasi

Piridan saking sêsorahipun Radèn Adipati Arya Tirtakusuma, bupati Karanganyar, tuwin saking sanès-sanèsipun.

(Sambêtipun Kajawèn nomêr 62)

Sêmar: I, i, i, anakku Si Nala Garèng, utawa manèh Si Petruk kiyi têka wis lawas têmên ora ngadhêp-ngadhêp nyang ramane awake si aku iki. Nèk tak aranana: saka akèhe pagaweane nganti ora ana wêktune kanggo sanjan-sinanjan, kaya-kaya kok iya ora mèmpêr, awit kabare, yèn boskupe ganti gambar, Garèng lan Petruk sanyaine pisan, têmtu padha anjêngil nonton. Pancèn iya wis ngono watake wong nom kuwi, nèk lagi mukti lan sênêng, ora eling yèn isih anduwèni wong tuwa, nanging yèn lagi susah sathithik bae, sing diringik-ringiki iya: wong tuwane. Malah jarene wis tau kalakon, wong tuwa ditilgram anake, jarene anake mati, wusanane barêng bapakne enggal-enggal niliki, sing mati kuwi jêbul ... krêtune. Hara, apa kiyi ora mainan jênêngane. Mulane aku kiyi yèn ngrasakake anakku Si Nala Garèng, atiku wis samar bae, sabab lumrahe, wong sing wujude: cilik, mêthikil, kaya ... lo ... Wisanggêni ... kuwi kok Si Nala Garèng. Mrenea anakku bocah bagus.

[Grafik]

Garèng: Ora, Ma, anggonmu ngandikakakên Wisanggêni mau, sajake kok rada gugup, aku krungu anggone rama ngandika: cilik..mêthikil ... kaya ..., barêng priksa aku, kok nuli dibanjurake ngandika: Wisanggêni. Aku iya ngrumasani, yèn sabênêre rama kuwi rak arêp nacad alaning wujudku. Upama nyataa, sanyatane sarambut pinara pitu, aku masa bakal sêrika, awit rak ana unèn-unène: anak wajib ngilo nyang bapa, kosokbaline iya mêngkono, dadi kaya-kaya iya sêtali tiga uang karo paribasan: kacang masa ninggala lanjaran, têgêse: yèn bapakne santri, anake umume iya dadi santri, nèk bapakne bèrbudi, anake iya mêngkono, dadi kosokbaline, nèk anake awujud munyuk upamane, bapakne iya awujud ... bangkokan.

--- 1010 ---

Sêmar: Lo, lo, têka-têka ora kok banjur angabêkti mênyang ramane, nanging kok malah ngala-ala wong tuwa mêngkono. I, iya pancèn wis salahku dhewe, dhèk biyèn aku ora gêlêm anggugu piwulange para sêpuh, supaya nome anggêdhèkake tapabrata amrih bisa anduwèni anak kang utama, nanging aku malah amburu mênyang kasênêngan lan suka-suka. Rak iya wis mêsthi bae ta yèn wusanane sing dilairake dening nyaiku kuwi dudu anakku, nanging anake kasênênganaku mau. Wis, wis, ing sarèhning sêga wis dadi bubur, ora prêlu diangluhake manèh. Ora, Rèng, kadingarèn têmên kowe têka mrene, mungguh sing dadi karêpmu apa.

Garèng: Anggonku sowan ana ing ngrêsamu kuwi, Ma, sabênêre aku arêp nyuwun rêmbuk karo panjênêngane rama ing bab pênting bangêt, sing wis tak takokake nyang putramu Si Petruk, nanging durung nganti tutug, kêburu Petruk banjur kiyah-kiyah nyang Surakarta.

Sêmar: Sajake kok prakara gawat bangêt. Mara, aja wêdi kangelan, tumuli lairna prakara sing arêp kok takokake kuwi. Yèn aku bisa awèh jawaban bae, ora-orane aku bakal narik rèkêning.

Garèng: Wèyèh, apa prasasat bêndara pokrul pêtung, mung ditakoni sathithik bae, wis banjur arêp narik bayaran, mungguh sing arêp tak rêmbug karo panjênêngane rama kuwi, sabênêre ing bab imigrasi. Jalaran saka andharane putramu Si Petruk, aku saiki iya rujuk bangêt, yèn ing tanah Jawa kene kudu dianakake imigrasi, mung sabab sing tansah isih dadi unêg-unêging rêmpêlaku, yaiku: pindhahane wong-wong tanah Jawa nyang sabrang, kuwi apa andadèkake kauntungan apa andadèkake kapitunan tumrap: a. Wong-wong sing tanahe bakal digroki. b. Wong-wong tanah Jawa umume.

Sêmar: Wèh, nganti ngêdhêg-êdhêgi ati, dak arani arêp nakokake ing bab ngèlmu kasampurnan. Nèk mung takon ing bab-bab kang gêgandhengan karo imigrasi bae, aku ora bakal wêgah, awit anggonku sêkolah têlung taun lawase, saka pandongamu iya wis olèh dhêklomah: klakuan bêcik.

Garèng: We, hla, wong tuwa ora urus têmênan, ambok ya ngandika bae yèn wis jumênêng dadi kuli kontrak lawase têlung taun, lan sajêroning têlung taun mau klakuane bêcik, ana anggêpe kathik olèh: dhêklomah barang. Wis, Ma, tumuli wangsulana bae pitakonku mau.

Sêmar: Iya, jajal tak wangsulane pitakonmu mau. Mungguh tumrape wong-wong ing tanah sabrang, dadi wong-wong sing nagarane bakal digroki mau, anane wong-wong Jawa padha pindhah mrono kuwi iya ana rugine, nanging bathine iya akèh bangêt. Dene têrange mangkene: Kang kapisan, jalaran saka akèhe kaum buruh sing padha nêba mrono, wis mêsthi ta yèn dhuwit buruhan banjur suda, kaya ta: upama maune wong buruh kuwi sadinane dibayar f 0.75, nanging jalaran saka akèhe wong sing padha golèk buruhan, banjur mung dibayar f 0.50, lo, kang mêngkono kuwi rak agawe rugining wong-wong asêli.

--- 1011 ---

Garèng: Nèk kaya ngono kuwi rak wis lumrah, Ma, dhèk biyèn kuwi bocah wêton H.I.S. yèn nyambut gawe nyang guprêmèn, blanjane iya banjur mak klêthêk f 60.- bae. Nanging ing jaman saiki bocah wêton Mulo kêrêp bangêt diênyang f 25.- utawa f 30.- iki sababe ora liya, iya jalaran saka akèhe bocah-bocah sing padha butuh nyang pagawean mau, dadi bab unduring bayaran, kuwi sabênêre aku ora gumun. Sing tak gumuni ing jaman saiki kiyi, ingatase drajat têka sok bisa mudhun, kaya ta: drajat sing biyèn kudu disêbut: tuwan, utawa: mênir, bakale jare narima arêp disêbut: mas bèi bae, yaiku drajat: klèrêk lan komis. Apa iki sabab saikine akèh: dèn bèi dèn bèine.

Sêmar: Lo, lo, lo, kok banjur seje sing dirêmbug mêngkono. Karo manèh ing bab bakal owahe pangkat, klèrêk lan komis, kuwi rak lagi ana ing rancangan bae, dadi durung ana kamêsthiane, mulane kene ora prêlu kok banjur mèlu cawe-cawe mêngkono. Luwih bêcik padha ambanjurake kang andadèkake rugine wong-wong asêli dhisik. Ing ngarêp wis tak andharake yèn wong-wonge asêli padha olèh karugian, jalaran saka sudaning dhuwit buruhan mau. Kang mangkono mau pancèn iya wis kanyatan têmênan, yaiku ana ing koloni coban-coban ing Lampung, ing kono ana mangsane wong-wong kontrakan kêna nyambut gawe kayadene kuli preman ana ing kabudidayan-kabudidayan sacêdhake kono. Jalaran saka akèhe sing padha butuh nyang pagawean, anjalari dhuwit buruhan ing kabudidayan-kabudidayan mau, suda bangêt. Dadi wong-wong konone iya padha karugian bangêt. Nanging kosokbaline, wong-wonge asêli iya bisa olèh kauntungan gêdhe. Bab kiyi liya dina bae tak caritani.

Sêlèbês

[Grafik]

Gambar ing nginggil punika sêsawangan ing sacêlakipun rêdi Toraja, Sêlèbês Kidul.

--- 1012 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah.

Museum ing Malang.

Règênsêkapsê rad ing Malang anyondhongi usulipun College van Gecommiteerden, supados ing kitha Malang dipun êdêgi museum barang-barang Indhu tuwin kawêkêlan ing jaman kina. Manawi kalampahan ngadêg, pigunanipun badhe nyêgah wêdaling barang-barang kina ingkang mêngku kawruh linangkung, ingkang tumindakipun kanthi lampah kados colongan, tur namung dipun sapèlèkakên kemawon.

Sakawit badhe nglêmpakakên barang-barang kina ingkang sumêbar dhatêng pundi-pundi, ingkang migunani agêng ingatasing kawruh tuwin kasusilan, lajêng badhe dipun rimat wontên ing panggenan ingkang santosa. Ing bab punika ing pangintên badhe angsal pambiyantu nyêkapi saking Oudheidkundige dienst ing Wèltêprèdhên. Tuwin sampun wontên priyantun partikêlir sawatawis badhe masrahakên barang-barangipun kina.

Têtiyang ingkang sami wangsul minggah kaji.

Kawontênanipun tiyang ingkang minggah kaji dhatêng Mêkah saking Indhia ing taun punika wontên 29.000, samantên wau ingkang sampun wangsul 26.900. dados taksih kirang 2100, pêpetangan ingkang dèrèng wangsul wau wontên sawatawis ingkang taksih naun wontên Mêkah, sanèsipun sami ngajal. Wontênipun tiyang ingkang tiwas wau, tinimbang taun ingkang sampun, kapetang suda, sudanipun wau jalaran saking rêrigênipun nata ing Mêkah, Raja Ibnu Saod, nyadhiyani toya ngombe langkung sae.

Warga rad Indhia enggal.

Paduka Tuwan L.H.W. van Sandiek, gupêrnur Sumatra Wetan, ingkang sapunika pêrlop dhatêng nagari Walandi, kawisudha jumênêng warga rad Indhia. Ing wulan punika badhe wangsul saking nagari Walandi.

Para panuntun P.N.I.

Kala tanggal 26 wulan Juli, aktê ing bab anggèning badhe ngajêngakên panuntun P.N.I. sakawan dhatêng pangadilan sampun kasumêrêpakên dhatêng para dakwa, ingkang taksih wontên salêbêtipun tahanan. Dintên pamariksanipun ing ngarsa pangadilan landrad ing Bandhung dèrèng katêtêpakên, nanging kintên-kintên botên badhe katindakakên ing sadèrèngipun tanggal 18 wulan punika. Para panuntun P.N.I. Ir. Sukarna, Tuwan Gathot Mangkupraja, Maskun, tuwin Supriyadinata, sami kadakwa: 1. ing têngahaning taun 1929 wontên ing Bandhung tuwin sanès panggenan ing Priyangan têngah, Jawi Têngah, nuntun tuwin sêsorah wontên ing parêpatan, ing kursus-kursus tutupan, tuwin ing parêpatan propagandhah, ugi jalaran nindakakên caraning nênuntun tuwin ngajêngakên tindak ingatasing P.N.I. ingkang sanadyan kawontênanipun beda sakêdhik, nanging ugi gadhah kajêng damêl orêg-orêgan kanthi sêsidhêman kados P.K.I. kados ingkang pinanggih ing wêkasaning taun 1926 tuwin wiwitaning taun 1927.

Culik.

Pasar Rêbo, Batawi, wontên pèl pulisi lumampah ing wanci dalu kêpêthukan tiyang sêpuh budhêg tuwin wuta, tiyang wau anggènipun lumampah kapurih minggir, nanging kèndêl kemawon, jalaran saking botên mirêng, lajêng dipun gêblèg ing pêdhang dening pulisi, ngantos nandhang tatu. Tiyang ingkang dipun gêbag lajêng alok-alok culik. Têtiyang pakampungan ingkang mirêng lajêng sami mêdal ambêkta gêgaman, ngintên manawi pulisi wau culikipun. Rahayu sadaya sami kandhêg dening nyumêrêpi panganggening pulisi. Punika kenging kangge pêpèngêt, bilih gugoning tiyang sok adamêl bêbaya, sampun sêmbrana, nêrusi kados andharan ing Kajawèn nomêr 62.

Panggêsanganipun tiyang ing pulo Sêribu.

Para têtiyang ing pulo Sêribu sanadyan panggêsanganipun dèrèng nama nyêkapi, nanging gadhah pangupajiwa baku, inggih punika sarana anggènipun misaya ulam. Nanging sapunika sarêng wontên panggaotan misaya ulam bôngsa Jêpan, pangupajiwanipun têtiyang ing ngriku mèh tanpa damêl, amargi tindaking bôngsa Jêpan anggèning masang jaring wontên sacêlaking karang, ingkang padatanipun dipun wisaya têtiyang ing ngriku, lan malih andadosakên kêsiting ulam sanès-sanèsipun.

Bab priyantun ingkang sinau dhatêng Bestuursschool.

Dhirèktur pangrèh praja ngintunakên sêrat-sêrat dhatêng para pangagêng pangrèh praja, mratelakakên para priyantun pribumi ingkang kakintunakên dhatêng Batawi badhe sinau ing Bestuursschool, supados sami ngêsahi sambutanipun rumiyin ing panggenanipun lami. Sampun ngantos salêbêtipun sinau wontên ing Batawi tansah manah dhatêng sambutanipun. Lan malih priyantun ingkang badhe sinau dhatêng Batawi wau ing sadèrèngipun sampun tampi êmpingan balônja saking nagari, ingkang kenging kangge ngêsahi sambutanipun. Lan ugi botên prêlu ambêkta oto utawi pit montor nagari, awit salaminipun sinau botên angsal waragad saking nagari, tuwin wontênipun ing Batawi tumpakan motor punika paosipun langkung awrat.

Pamulangan pangadilan luhur.

Lulus kandhidhat dhoktoral iksamên bagean kapisan, Radèn Sudarsana, Sudarna tuwin Radèn Sulistya.

--- 1013 ---

Ambêsmi mayit.

Ing dhusun Têgal Cangkring, bawah Jêmbrana, Bali, badhe kawontênakên pambêsmèn mayit darahing luhur têtiga.

Papan parimatan gambaring para gupêrnur jendral.

Kawartosakên bilih Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral amarêngakên dhatêng sawarnining tiyang malêbêt dhatêng papan parimatan gambaripun para gupêrnur jendral ing Rijswijk 16. Kengingipun malêbêt ing ngriku sasampunipun nyuwun palilah dhatêng opsihtêr pura namung lêlahanan, ing sabên dintên Rêbo wiwitan tuwin kaping tiga ing sabên wulan, wiwit jam sanga dumugi jam kalih wêlas siyang.

Asiah.

Bêbaya bêna.

Karasi 28 Juli (Aneta-Nipa-Radio). Bêbaya bêna ing sanginggilipun Sindh saya agêng, anguwatosakên Shikarpoor. Wontên tiyang 15.000 botên gadhah griya, saha sampun dipun bêktani mawi sêpur mirunggan dhatêng Sukkoor tuwin Karachi.

Bêna ingkang adamêl kasusahan agêng.

Karasi 30 Juli (Aneta-Nipa). Jalaran saking wontêning bêna, wontên tiyang 30.000 ngili dhatêng Sukkur, dhusun ingkang kêlêban langkung 100. Dhatênging toya ing Sikarpur saking sisih lèr tuwin saking kilèn, narajang 150 mil pasagi, têtanêman sami risak, rajakaya sami ical. Wontên golongan tiyang awon 300 ngoyok griya-griya ing Kanpur, ngantos têlas-têlasan.

Wangsulan saking golongan Gandi.

Bombai 29 Juli (Aneta-Nipa-Radio). Minôngka wangsulaning pawartos-pawartos ingkang tumular dhatêng pundi-pundi, ing bab bibar tuwin munduring ebah-ebahan kabangsan, konggrès kabangsan mratelakakên malah ngajêngakên ambekot barang-barang damêlan Inggris.

Komunis ing Sangsa.

Pèiping 30 Juni (Aneta-Nipa). Wontên pawartos, bilih sawarnining kantor parentah tuwin bandhanipun têtiyang ngamônca ing kitha wau sami dipun bêsmi tuwin dipun risak, kajawi kantor pos tuwin griya sakit yale. Têtiyang golongan abrit nyabrang dhatêng pulo panggenaning kongsul ngamônca, badhe ambêsmi griyanipun, nanging botên wontên pawartosipun malih. Kitha wau pinanggih kathah kêbêsmèn tuwin koyok, toko-toko dipun bêsmi. Kakintên kathah tiyang tiwas, sadhèrèkipun gupêrnur tuwin pangagêng sanès-sanèsipun kakêthok gulunipun. Golongan komunis ngoyak kêkantunaning wadya parentah ingkang mundur mangilèn. Têtiyang ing Sangsa cacah 10.000 nyingkir saking kitha wau.

Tindakipun golongan komunis ing Sangsa têgêl sangêt.

Syanghai 30 Juli (Aneta-Reuter). Bôndha ingkang dipun risak dening golongan komunis wontên rêrêgèn 5 yuta ponsêtèrling, lan ugi taksih ngrisak gêdhong pamulangan luhur, kantor-kantor tuwin sanès-sanèsipun.

Wontên golongan komunis wolung èwu, ngoyok barangipun bôngsa ngamônca tuwin parentah Tiongkok, kathah anggènipun mêmêjahi tiyang sugih-sugih, lan ugi kathah anggènipun nyêpêngi tiyang-tiyang prêlu pados têbusan.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 1745 ing Adikarsa. Ing wulan Mèi saha Juni, panjênêngan botên kapetang dados lêngganan, jalaran nunggak bayaran. Samangke tuwan sêkul upsinêr sampun ngintunakên bayaran, mila panjênêngan lajêng kalêbêtakên dados lêngganan malih kapetang wiwit 1 Juli. Nanging Kajawèn nomêr 54 sampun têlas.

Lêngganan nomêr 840 ing Medhan. Punapaa dene namung maringi f 1.- lêrêsipun f 1.50, Kajawèn ngajêng-ajêng jangkêpipun.

Lêngganan nomêr 2946 ing Susukan (Klampok), pos wisêl f 1.50 sampun kula tampi. Apsèndêr kasêbut: R. Radjab, nanging ngalamat ingkang sampun: R. Wirjadibrata, punapa kêdah kaewahan.

Lêngganan nomêr 763 ing Sala. Mila inggih makatên sayoginipun. Dados botên adamêl ruwêding administrasi. Kenging, kenging.

Lêngganan nomêr 3540 ing Banaran. Kajawèn tansah ajêg kakintun. Nomêr pintên ingkang dèrèng katampi.

Lêngganan nomêr 3373 ing Trate. Nomêr pintên ingkang botên katampi.

Wangsulan saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 3204 ing Madiun. Bab sajarah para nata Jawi, panjênêngan sagêd mundhut buku Arjuna Sasrabahu Serie No. 889 wêdalan Bale Pustaka, rêgi f 40.-, nanging sajarah nata wau namung dumugi Sinuhun Pakubuwana VIII.

Bab Buku

Redhaksi Kajawèn sampun tampi buku Etang Theorie saking Boekhandel S.M. Diwarna ing Kuthagêdhe, satunggal iji, karanganipun Radèn Dijasupraba, buku wau prêlu kangge iksamên pungkasan ing pamulangan normal.

Redhaksi Kajawèn ngaturakên panuwun.

--- 1014 ---

Wêwaosan

Sêrat Ramayana

4.

[Sinom]

duk samana sri narendra / dupi cêtha nguningani / tandange satriya Rama / miwah dupi amiyarsi / gêrot anggêgirisi / sakala kongsi tan emut / nglênggêr nèng palênggahan / dangu sri nata tan mosik / saking kasok uning maring kaelokan //

dupi èngêt anjênggirat / nyawang maring sang linuwih / tumuli jumênêng nyêlak / kang asta kumlawe ririh / lan dèn tumpangkên nuli / pamidhangannya sang bagus / sarwi alon ngandika / dhuh putraningsun wong sigit / sira iku tuhu kêkasihing dewa //

ingsun dahat anarima / baya sira wus pinasthi / kang kawawa ngêmongana / putraning ibu pratiwi / mangkya tampanên nuli / sira aywa ewah-ewuh / lan ingsun tan akêndhat / mring sira paring pamuji / lêstaria lulus dèn ta ngraras driya //

III. Dhaupipun putra nata sakawan.

[Mijil]

mangkya gantya carita mangsuli / Dhasarata Katong / dahat suka duk mirêng wartane / putra nata Sang Rama ing mangkin / unggul dènnya jurit / munah ripu langkung //

miwah mangkya wus ngêntasi kardi / sayêmbarèng katong / Sri Janaka dènira adarbe / kang pusaka gandhewa linuwih / wus pinênthang dening / risang Rama rampung //

têmah antuk gêganjaran aji / Sang Rama ing mêngko / wus pinacang lan putri wartane / yèku putra Sri Mitila Aji / sang nata duk myarsi / suka sakalangkung //

sri narendra kaparêng ing galih / nuli arsa rawoh / mring Mitila mênggah kaparênge / arsa paring pangèstu putra ji / Risang Rama tuwin / Sang Laksmana luhung //

nulya budhal kanthi putra kalih / miwah wadya katong / tan kawarna nèng marga tindake / pan wus prapta ing Mitila nênggih / praptanirèng aji / dahat mawèh gugup //

sri narendra Mitila duk uning / enggal-enggal miyos / umapag mring tamunira age / nulya tundhuk samya atrap taklim / ing wusana kerid / umanjing kadhatun //

sêmunira sri narendra kalih / samya rênèng batos / wus katitik nèng sulak netyane / wusing lênggah Sri Ayodya nuli / angandika ririh / lan linut ing guyu //

kula dahat nuwun yayi aji / dene kapanujon / yèn pun Rama kaparêngkên mangke / manakawan wontên ngarsa aji / kula mung mêmuji / ing lêstantunipun //

Sri Janaka andhingkluk ngèsêmi / dyan ngandika alon / kang makatên baya wus pasthine / atas saking parênging dewadi / kula mung sadrêmi / tan kawasa tuhu //

lawan malih kula anggung mikir / mring sanggyèng lêlakon / janma yêkti tan bangkit agawe / lawan malih kula angèngêti / dènira dahat sih / Rama lan rinipun //

ing sasolah mung tansah katitik / rukuning karongron / datan nate pisah salamine / ing saparan mung tansah kêkinthil / tan pisan ngèngêti / kasangsayanipun //

kang mangkana kasêtyaning ari / dahat mawèh gawok / mila lamun nata marêngake / Sang Laksmana pantês pun paringi / gêganjaran ugi / putri ing kadhatun //

Sri Ayodya dupi amiyarsi / dahat ing rumojong / awit nata tan samar galihe / kumandêling tyas dahat nêrusi / mring Mitila aji / lir kadang satuhu //

dene putri nata kang pinilih / antuk lan sang anom / nênggih Dèwi Ormilah wastane / tuhu putri pinunjul ing warni / wus pantês nisihi / satriya binagus //

dene putra Ayodya kêkalih / kang umiring katong / ugi nulya ginusthi jodhone / Sri Narendra Mitila nginggihi / tan antara dadi / nênggih rêmbagipun //

putra nata kêkalih kang kari / kaparênging katong / wus agolong arsa dèn dhaupke / lawan putri kapenakan aji / datan pae ugi / kalihira punjul //

pan cinêkak caritane nuli / wus dhaup kalakon / putra catur sinarêngkên bae / kasoking kang suka-suka ngênting / warata mradini / kawula sadarum //

traping tata dhaupira nguni / nênggih cinariyos / sinatriya catur sadayane / dèn apit ing pra wadya sinêlir / busana sarwadi / katon mubyar murub //

sang pangantyan samya nitih èsthi / ginarubyug amor / pra pandhèrèk myang liya-liyane / datan kari kang badhaya srimpi / myang juru kêkawin / sarêng gumarudug //

wus pinerang sabên siji-siji / arêmpêg sagolong / singêr samya sinongsongan jêne / gumarudug lir ombaking sari / gumulung sarwa sri / linut swara umyung //

dahat asri lir ngrêngga nagari / sêngsêm sagon-ênggon / kaanan kang mangkana jatine / rarasira dahat angênani / anêrusi ati / sêngsêming asêpuh //

kocap para kang pangantèn putri / kang anèng kadhaton / sarwa adi dènira mangangge / kang sarira rinêngga sotyadi / sêmunira sami / nêngsêmkên pandulu //

wus adangu dènnya samya nganti / mring priya kang rawoh / datan kêndhat pasang padupane / ingobaran sarwa wangi-wangi / anggônda mratani / sajroning kadhatun //

sapraptaning pangantèn tumuli / sêsarêngan anjog / anjujug ing padupan nulya ge / gantya-gantya samya angubêngi / binarung swara tri / kang surak gumuruh //

têtabuhan umyung anyarêngi / swaranira amor / lan suraking janma kang arame / yayah sundhul ing tawang nêrusi / para dewa sami / ngudankên rum-arum //

sumawuring kusuma mratani / tiba sagon-ênggon / araras lir pambagyèng dewane / dènnya anggung amêdhar sêsanti / mring pangantèn sami / amrih tulus lulus // (Badhe kasambêtan)

--- [1015] ---

Ôngka 64, 13 Mulud, Taun Jimawal 1861, 9 Agustus 1930, Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50 bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Sebrah

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar kewan ingkang dipun wastani sebrah, ingkang taksih wanan ing tanah Aprikah, nuju sami ngombe.

--- 1016 ---

Pawartos Wigatos

Lindhu Agêng ing Itali

Ing wêkdal punika para maos Kajawèn ngawuningani pawartos ing bab lindhu agêng ing tanah Itali, kados ingkang kawrat ing pêthikan sêrat kabar. Pawartos wau mratelakakên agênging kasangsaran, kados ing ngriki prêlu ambabadakên sakêdhik ing bab kawontênan wau.

Ing laladan tanah Itali sisih kidul punika kathah rêdinipun latu, punika anjalari ing ngriku kêrêp wontên rêdi anjêblos.

Miturut babad, lindhu agêng ingkang kina piyambak ingkang pinanggih ing ngriku, kala ing taun 79 sadèrèngipun petangan Masèhi. Ing kala lindhu mawi dipun sarêngi panjêblosing rêdi Vesuvius, ingkang agêng sangêt, walaharipun ngantos angêlèbi kitha agêng kalih. Sasampunipun punika, rêdi wau kintên-kintên ngantos 1500 taun botên adamêl bêbaya malih, nanging sarêng ing taun 1631 rêdi Vesuvius ugi anjêblos malih, ngantos adamêl pêpêjah 18000 jiwa.

[Grafik]

Wujuding kawahipun rêdi Vesuvius ing wêkdal punika.

Sanadyan sampun têtela papan sakanankeringipun ngriku punika kalanipun wontên bêbaya kados makatên, tamtu karisakan sangêt, ewadene têtiyang ingkang manggèn ing ngriku inggih taksih kemawon, saha dangu-dangu inggih dados rêja malih. Bab makatên wau kados botên kenging dipun paibên, awit tiyang ingkang sampun nama katrêm, punapadene angèngêti nagari wutah rahipun, punika sanadyan tuwuha bêbaya kados punapa, inggih botên badhe tega nilar, ing nalika wontên [wontê...]

--- 1017 ---

[...n] bêbaya wau namung dipun anggêp kapanujon kemawon.

Mirid kawontênaning bêbaya ingkang ngantos ngurug kitha agêng kêkalih, punika nama bêbaya ingkang anggêgirisi yêktos. Saupami kapetanga, pintên mênggah gênging kapitunan ingkang pinanggih ing ngriku.

Kacariyos kitha-kitha ingkang kurugan wau, lami-lami wontên ingkang dipun dhudhuk, kathah griya-griya ingkang taksih wêtah wêwangunanipun. Kawontênan ingkang pinanggih ing ngriku punika adamêl ngêrêsing manah, awit lajêng sagêd nênangi dhatêng raos ingkang angalangut.

Amangsuli ing bab wontêning bêbaya ingkang pinanggih ing sapunika, têlênging lindhu pinanggih wontên ing kitha Vesciano têbihipun wontên 36 k.m. saking Napels. Kapitunan ingkang pinanggih jalaran saking lindhu wau wontên 2.000.000.000 lirê (1 lirê wau ing môngsa punika ajinipun 13 sèn).

Ing sapunika parentah Itali sawêg ibut anindakakên pitulungan wontên ing papan kasangsaran.

Wawasan Nagari Mônca

Wahyu karaton ingkang tansah dipun arah ing tiyang kathah, tumrap cêcariyosan ing nagari Turki.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 63.

Ing Kajawèn nomêr 63 perangan Raos Jawi, amratelakakên bab wahyu karaton tumrap Radèn Damarwulan, sapunika dipun sambêti ing bab wahyu karaton tumraping praja Turki, nanging lajêng kagolong dhatêng perangan wawasan nagari mônca.

Mirid cêcariyosan kina, botên wontên karajan ingkang ruwêd tatananipun ingatasing ratu ingkang kados nagari Turki, bêbasanipun ing salêbêting karaton namung kêbak isi wêwados. Dene ingkang dipun wastani wêwados wau, botên sanès inggih bab angarah wahyu karaton. Saking kathahipun ingkang ngarah wau, tuwuhing tindak paracidra tansah pinanggih wontên ing para pangeran, wontên sang nata piyambak, wontên ing kangjêng ratu ibu, wontên ing ulu-uluning agami ingkang dipun wastani Sèh Ol Islam, tuwin wontên ing prayagung ingkang mêngku panguwaos agêng. Dene têranging satunggal-satunggalipun makatên:

Tumraping para pangeran, punika tansah sujana-sinujanan. Wontênipun makatên, awit caranipun ing praja Turki, pangeran ingkang winênangakên gumantos nata punika pangeran ingkang sêpuh piyambak, botên ngangkat pangeran putraning nata ingkang jumênêng.

Jalaran saking wontênipun cara ingkang kados makatên punika, tansah nuwuhakên raos botên sakeca. Tumrap pangeran ingkang sêpuh, botên kêndhat tansah manggih rubeda, lêpatipun dipun cidra cara kasaran, inggih dipun cidra sarana dipun lêbêti dhêdhaharan ingkang mawa wisa, botên kirang ingkang anêmahi tiwas. Dene patrapipun anglêbêtakên dhêdhaharan wau kanthi tindak ingkang rêmit sangêt. [sa...]

--- 1018 ---

[...ngêt.] Tindak kados makatên punika wontên ingkang cara nyraya dhatêng juru madharan, juru ngladosi, tuwin sanès-sanèsipun, tur kanthi tindak wêgig. Mila tumraping pangeran ingkang sêpuh, limrahipun lajêng dêdalêm prasasat wontên pakunjaran, saking mrayitnani sarira piyambak, sampun ngantos kenging kacidra ing mêngsah.

[Grafik]

Nagari Sêtambul, Turki.

Tumraping panjênêngan nata, sugêngipun bêbasan ancik-ancik wontên sapucuking ri, awit prasasat mêmêngsahan dhatêng sadaya ingkang nêdya melikakên dhatêng karaton. Inggih sampun rambah-rambah wontên nata ingkang nêmahi tiwas, sarana tindak cidra alus. Mila kosokwangsulipun ingkang jumênêng sultan, inggih tansah nindakakên wasesa, pangastanipun dhatêng para pangeran inggih kêncêng sangêt.

Saking kaprayitnaning nata, pangrêksaning sarira ngantos adamêl gawok, inggih punika patraping dhahar katindakakên satiti sangêt. Malah wontên sawênèhing nata ingkang patrapipun makatên:

Abdi juru madharan, ing kalanipun olah-olah dipun jagi ing ajidan dalêm nata, manawi sampun matêng lajêng dipun pariksa ing dhoktêr, saha lajêng dipun wadhahi ing wadhah tutup dipun lak mawi cap. Sasampunipun lumados wontên ing ngarsa nata, lajêng dipun bikak sang nata piyambak mawi dipun titi. Sasampunipun makatên, lajêng dhawuh dhatêng ajidan dalêm, kadhawuhan ngicipi. Manawi kaantawisakên wilujêng, lajêng mêndhêt dhêdhaharan wau kaparingakên kucing. Manawi kucing wau wilujêng, sawêg kaparêng dhahar.

Nanging inggih sintên tiyangipun ingkang botên melik jumênêng nata, awit mênggahing Nata Turki, sugêngipun namung sênêng-sênêng, kadhatonipun prasasat suwarga, ampilipun kathah mawi sangêt, tur ayu-ayu. Yèn ta kuwaosa, sintên ingkang jumênêng nata ing Turki, tamtu lumuh tinimbalan dhatêng pangayunaning Hyang Maha Agung.

Tumrap kangjêng ratu ibu, punika ing pangangkah inggih namung badhe mrênahakên putra, supados ing têmbe

--- 1019 ---

sagêd sumilih kaprabon. Dene kaprayitnan tuwin tumanduking para cidra inggih botên beda kalihan sanès-sanèsipun. Dados sanadyan putri, tumindaking akal budi inggih botên beda kalihan para kakung. Malah kaprigêlan anggènipun pados saraya tuwin paguyuban, angungkuli para kakung. Mila bêgja sangêt pangeran ingkang taksih tinêngga ing ibu.

Tumrap ulu-uluning agami, pancènipun botên kenging dipun wastani amelikakên wahyuning karaton, nanging mênggah nyatanipun malah angungkuli, awit mênggah ulu-uluning agami, gadhah panguwaos sanginggiling ratu, inggih punika sawarnining prêluning praja, manawi dèrèng dipun condhongi dening ulu-uluning agami, inggih saèstu wuk, makatên ugi mênggahing jumênêng nata, inggih kêlampahan sande manawi ulu-uluning agami botên nayogyani.

Sarèhning kados makatên panguwaosipun, mila inggih tansah gêgayutan kalihan para sanès, ingkang wosipun magêpokan kalihan karaton, tumraping ulu-uluning agami, tindak-tandukipun dhatêng para pangeran prasasat nole. Kosokwangsulipun para pangeran, asihipun dhatêng ulu-uluning agami kamoran ering.

Tumraping para agung ingkang mêngku panguwaos, punika ugi kenging dipun wastani mokal yèn ta melikna dhatêng wahyu karaton, nanging nyatanipun inggih tansah tumindak ing damêl, ingkang murih saya agêng panguwaosipun, tuwin tansah pados incon kalihan pangeran tuwin para agêng sanèsipun.

Mênggahing dayanipun para agung wau, malah agêngipun kapara ngungkuli sanès-sanèsipun, awit mênang jêmbar ing wawasan, dalah dhatêng sanès praja pisan ugi sagêd angêmori.

[Grafik]

Sang Kemal Pasah.

Jalaran saking wontêning lêlampahan ingkang kados makatên wau, tumrapipun praja Turki ing jaman kina, lampahing têlik sandi upaya tansah malêbêt mrika-mriki, ingkang tuwuhipun saking golongan sadaya wau, botên kirang têlik kapranggul sami têlik ingkang nuju sami nawung lampah wigatos, wêkasan dados pasulayan, anjalari kawiyaking wêwados.

Ingkang makatên punika têtela bilih wahyuning karaton katingal tansah dipun arah ing tiyang kathah, mila wontênipun inggih tansah nuwuhakên [nuwuhakê...]

--- 1020 ---

[...n] gègèr ing salêbêtipun sêngkêran, têgêsipun namung gègèr wontên ing prajanipun piyambak, ingkang ugi dipun tindakakên dening têtiyangipun ing ngriku piyambak.

Mênggah ingatasing nurbuwating karaton, kadospundi anggènipun sumèlèh têntrêm, manawi tansah kangge rêrêbatan kados makatên kemawon. Dangu-dangu tindak makatên wau inggih mêndha, awit wawasaning para nata ingkang sampun ngambah abat wêkasan sampun saya jêmbar, sagêd nguningani kamajênganing tôngga tapalih.

Nanging kawontênaning jagad Turki kados sampun nyarêngi kalamangsanipun, kêdah santun gagrag, awit sabotên-botênanipun, tabêting tata kina inggih tansah tuwuh kemawon, lan wontêning tata ingkang kina wau tumrapipun wontên ing môngsa punika kenging dipun wastani sampun botên anjaman. Wêkasan katêmahan yêktos, praja Turki lajêng jugar tanpa nata, gêntos kawisesa dening panuntuning kamajêngan, ingkang misuwur ing jagad, Sang Kemal Pasah, inggih punika satunggiling panuntun ingkang ngewahi tatacara, nindakakên kamajêngan tuwin sanès-sanèsipun. Cêkakipun praja Turki lajêng malik sanalika, dados praja linangkung.

Mirid andharan ingkang kapratelakakên ing nginggil, mèmpêr bilih pamênang ingatasing panguwaos agêng, dhawah wontên ing perangan ingkang wêkasan, inggih punika golonganing para agung ingkang mêngku panguwaos.

Samantên mênggah gawating anggayuh wahyu agung.

Kawruh Jawi

Kawruh Padhalangan

II. Jêjêran

Jêjêran punika sadalu wontên pitu, wancining jêjêr sapisan jam 8 utawi satêngah 9 lajêng kondur ngadhaton. Pasowanan jawi dumugi lurugan. Mawi prampogan utawi botên, miturut lampahanipun.

Sasampunipun punika tumuntên jêjêr kaping kalih, lajêng jêjêr kaping tiga, punika kêdah sadèrèngipun gara-gara, antawisipun dumugi jam 11.

Gara-gara, wanci jam 12 dalu.

Sabibaripun gara-gara, jêjêr ingkang kaping sakawan, lajêng jêjêr begal. Wontên ugi ingkang botên mawi jêjêr, mila botên kapetang jêjêran, lajêng jêjêr kaping gangsal, kaping nêm, kaping pitu. Punika sampun dumugi antawisipun jam 5 bangun enjing, dumugi jam 6 tutup kayon.

Sampakan.

Sampakan punika wontên 5.

Ingkang sapisan dipun wastani: prang alit, utawi sampak simpangan, dhawah bibar jêjêr kaping kalih. Patraping pêpêrangan botên wontên pêpêjah, wêkasanipun lajêng sami anisih sowang-sowangan.

Ingkang kaping kalih dipun wastani: pêrang sêkar, utawi: sampak gagal, dhawah bibar jêjêr ingkang kaping tiga. Patrapipun papêrangan botên wontên pêpêjah.

--- 1021 ---

Karampunganipun lajêng oncat salah satunggal, utawi mrucut.

Ingkang kaping tiganipun dipun wastani: pêrang begal, kêdah sasampunipun bibar gara-gara, dhawah bibar jêjêr kaping sakawan. Patrapipun pêpêrangan sampun wontên pêpêjah, ingkang ambegal kawon. Pungkasanipun ingkang kabegal anglajêngakên lampah.

Ingkang kaping sakawan dipun wastani: pêrang tanggung, utawi: sampak sanga, dhawah bibar jêjêr ingkang kaping gangsal. Patraping pêpêrangan sampun wontên pêpêjah, utawi oncat, karampunganipun dados nalaring lêlampahan.

Ingkang kaping gangsal dipun wastani: pêrang agêng, utawi: sampak manyura, dumugi galong, dhawah bibar jêjêran. Patraping pêpêrangan sirnaning sadaya lêlampahan, pêjahipun para murka ing budi.

Wontên sampakan ingkang botên kalêbêt petang, kados ta: prang ampyak (prang rêmpak) dhawah bibar pasowanan jawi, mila botên kapetang, sabab dèrèng mêsthi, namung miturut lampahaning ringgit.

Prang tanggung asring kaping kalih, ugi miturut lampahanipun, namung bakunipun kêdah kaping gangsal, jalaran punika ugi mêngku pikajêngan.

Gara-gara.

Gara-gara punika namung sapisan, dhawah bibar jêjêran ingkang kaping tiga, têngah-têngahaning lampahan. Ing ngriku wêdalipun prêpating Pandhawa: Lurah Sêmar, lan anakipun: Nala Garèng, Petruk lan Bagong.

Tayungan.

Tayungan punika têtêngêr pungkasaning lampahan, bibar prang galong, punika ugi namung sapisan. Ing ngriku anjogèdakên pamungkasing yuda, ingkang tinanggênah ngundurakên parangmuka, ingkang kathah milih bangsaning bayu, kados ta: Wêrkudara, utawi Anoman, sagêd ugi Bathara Bayu. Tayungan punika ugi mêngku pikajêngan.

Tutup kayon.

Tutup kayon punika tutuping cariyos ingkang dipun lampahakên, dhawah bingarbibar. tayungan. Punika ugi namung sapisan. Ing ngriku kalêmpakaning para ratu lan para satriya, para kadang lan para wadya, ingkang mêntas unggul ing yuda. Sami ngrêmbag kawontênaning lêlampahan ingkang sampun. Mênawi sampun rampung ingkang karêmbag, lajêng dipun tutup kayon, mila dipun wastani: tutup kayon, manawi dipun barung gôngsa gêndhing Gonjanganèm, lajêng ladrang Manis mawi golèk. Punika kêdah mawi, sabab inggih mêngku pikajêngan.

Bab carita, kasêbut ing nginggil, tuwin lampahaning ringgit, wontên ngriki botên prêlu kaandharakên, jalaran ing sêrat-sêrat wêdalan Bale Pustaka sampun kathah ingkang ngêwrat bab punika. Dene bab pocapan, kados prêlu ing wingking kapratelakakên sawatawis, kapêndhêt ingkang prêlu-prêlu kemawon. Badhe kasambêtan.

S. Purwawiyata, Wêlèri.

K. 3018.

--- 1022 ---

Kawruh Sawatawis

Pratikêlipun Malitur Gandhèngipun Kalihan Pangirit.

Nitik saking nami tuwin abên-abênanipun, plitur punika têrang asli pamanggihipun tiyang bôngsa Eropah, nanging tumrap ing tanah Jawi ngriki kanggenipun sampun limrah kasumêrêpan, ngantos tiyang ingkang têbih kitha pisan, tiyang dhusun-dhusun, ugi sampun sawatawis kathah ingkang ambêtahakên, inggih punika kangge mulas barang dandosan kados ta: meja, kursi, lêmari sapanunggilanipun, pakangsalipun dados katingal sae, sumêblak, gilap lan sanès-sanèsipun. Awit saking punika bilih badhe riyadi, gadhah damêlan sapanunggilanipun, supados dandosanipun katingal mubyar. Asring mrêlokakên dipun plitur, nanging kathah-kathahipun pêpulasipun namung dipun tumpangakên kemawon, dandosan wau ing sawatawis dintên pancèn inggih lajêng katingal sae, nanging garapan makatên punika groboh, botên awèt, botên sagêd tuwuk anggènipun nyawang, sabab ing sawatawis dintên kemawon sampun pulih asal, dados ragi kapitunan. Rèhning kathah-kathahipun botên sagêd nandangi piyambak, dados lajêng kengkenan dhatêng tukang plitur idêran, sampun têmtu kemawon kirang sae garapanipun, tiyang trimah bêrahan sakêdhik. Ingkang nyênêngakên punika inggih garapanipun tukang mèbêl, nanging wragadipun ragi kathah, dados dhawah awis. Punapa wontên rekanipun sanès ingkang mirah nanging sagêd nyênêngakên manah. Wontên malih, inggih punika namung abôndha purun uthak-uthik piyambak lan nyumêrêpi wados-wadosipun panggarap. Ing ngandhap badhe kula criyosakên ambokmanawi wontên ingkang krêsa anggatosakên, manpangatipun wontên, langkung-langkung tumrap ingkang kirang ombèr, wêdaling arta sagêd irit, punika wigatos tumrap tiyang nyêpêng balegriya.

Mênggah ngrimat dandosan makatên ingkang prêlu katindakakên lampah rêsikan, utaminipun sampun ngantos kalingga nata anggènipun ngrimat pulas-pulasipun, punika ihtiyaripun namung mangsuli kêdah kapulas malih. Yèn dipun têtêpi pranatanipun barang dandosanipun têmtu mindêng katingal ngrêsêpakên wêwah-wêwah awèt, punika harak ugi nama kauntungan. Kupiyanipun sampun cêtha, barang dandosanipun bôngsa Walandi, ajêg katingal sae lan awèt, punika sarananipun botên sanès kados kacriyos ing ngajêng, inggih punika saking nindakakên lampah rêsikan wau. Pramila pangandikanipun tiyang sêpuh: kang ngawètake mubarang saka tindak sukci, punika sabrebetan inggih tumônja dhatêng kawajiban ingkang kula criyosakên wau. Mênggah mathisipun bêbasan wau têmtunipun botên kados ingkang kacriyos, nanging inggih kenging kapirid sawatawis.

Cêkaking rêmbag, garapan malitur ingkang nrimah katumpangakên pamulasipun botên sae, môngka lampah sanèsipun ingkang sakintên botên [botê...]

--- 1023 ---

[...n] dados mêsguling manah wontên tur botên patos ngrêkaos, harak inggih wajib dipun udi, trimah-trimah kangge lampah, makatên wau tumrap ingkang kirang ombèr, ingkang sampun wontên ingkang kacêkapan sampun botên kula rêmbag, ewadene ingatasipun ngudi kasagêdan saking pamanggih kula botên wontên awonipun, bêbasan dipun kandhut botên mêndhokol, dipun sukak-sukakakên tiyang botên badhe kasatan, dados yèn kalamangsanipun prêlu, wontên tiyang nêdha sêsêrêpan, yèn kêrsa nêrang-nêrangakên harak manjing dana pitulung ugi. Badhe kasambêtan.

Sumadi.

Jagading Wanita

Kupang

Ing andharan bab rêmis, kula sampun ngrêmbag bab kupang sawatawis, nanging bokmanawi kirang cêtha, mila prêlu kula sambêti malih, bokbilih ugi mungguh kangge wêwahing sêsêrêpan sapele, têrangipun makatên:

Tumraping tanah pasisiran bawah Sidaarja, wontênipun tiyang sêsadean kupang punika limrah sangêt, nanging sampun ratêngan, winadhahan ing pangaron, dipun rêmbat tuwin kaidêrakên dhatêng pakampungan utawi dhatêng kitha-kitha, ngantos anglanjak dhatêng sanès panggenan, kados ta kaidêrakên dhatêng wêwêngkon: Surabaya, Bangil, Pasuruan, Malang tuwin sakiwatêngênipun malih.

Têtiyang bumi ing ngriku ngantos kulina sangêt, janji wontên tiyang sadean kupang adhakan sagêd ambêdhèk bilih tiyang punika asli saking Sidaarja. Makatên punika pancèn inggih nyata, tumrap sanès panggenan lôngka wontênipun tiyang gadhah sêsadean kados makatên. Namung kuciwa dene rêrêgènipun awis, tandhanipun upami tiyang satunggal anggadho kupang pangaos sakêthip, limrahipun taksih rumaos kirang. Inggih lêrês sapunika dede têtêdhan èdi, nanging manawi nitik saking kikrikipun anggèning nyadèni, lajêng nama têtêdhan ingkang awis rêginipun. Ewadene kawontênan ingkang kados makatên wau inggih botên anèh, awit pancèn angèl mênggahing pangupadosipun, lan malih kêdah kikrik pangrimatipun, mila layak kemawon irusipun ingkang kange nyidhuk anyadèni, wangunipun anjalirit tipis sangêt kados rêmbulan tanggal sapisan, wosipun kuwatos manawi anggènipun nyadèni kupang kombolên (kêmirahên).

Sapunika ngrêmbag kadospundi bab pandamêlipun. Mênggah cara-caraning tiyang ngupados kupang botên prabeda kados caraning tiyang ngupados rêmis kados ingkang sampun kula aturakên. Sasampuning pikantuk kupang kathah, lajêng kaêkum amrih sirnaning rêrêgêd [rêrêgê...]

--- 1024 ---

[...d] ingkang dumunung ing salêbêting cangkang, punika lajêng kagodhog mawi toya tawa kacêmplungan sarêm samurwatipun. Panggodhogipun kêdah dangu molak-malik tuwin tansah dipun kêbur, prêlunipun supados isi kupang pisah kalihan cangkangipun, awit kupang punika langkung lêmbat tinimbang rêmis, dadosipun dagingan agêngipun sami kalihan mênir bêras. Pramila sampun têmtu kemawon kêdah botên sakêdhik cacahipun, petanganipun kakranjangan.

Yèn sakintên pun cangkang sampun botên wontên ingkang kanthilan daging, kaêntas, toya kailing winadhahan ingkang pantês, pangilingipun sawatawis kakêbur, dados yèn prêlu kêdah katindakakên tiyang kalih, paedahipun isi kupang supados katut kailing, dene cangkang kantun ing panggodhogan. Têmtunipun ing wadhah panggodhogan ngriku taksih mayuta-yuta cangkang ingkang katutan isi, mila prêlu kagodhog sarta kinêbur malih ambal-ambalan ngantos rêsik. Daging kupang kaklêmpakakên dados satunggal, inggih punika ingkang katêdha. Nanging kauningana, toya ingkang kangge anggodhog janji botên ngantos kasatan, botên kenging kaêjogan toya sanès, mindhak dadosing kupang araos sêpa, kirang sêdhêp. Pramila toya ingkang dipun pigunakakên kangge anggodhog kaping kalih, kaping tiga salajêngipun wau, inggih punika toya ilingan ingkang kapisan sasampuning dipun saring isinipun. Ewadene toya wau ingkang sabagean botên kabucal, prêlu kadamêl pêtis, mangke kangge abênipun dhahar kupang, rekaning pandamêlipun makatên:

Toya godhoganing kupang ingkang kapisan wau sasampuning kasaring isi kupangipun, kagodhog malih ngangge latu ingkang antèr urubipun, mawi kacolok gêndhis tuwin galêpung trigu utawi galêpung uwos sakêdhik, yèn kirang asin kawêwahan sarêm sawatawis, ing ngriku tansah kinêbur tanpa kèndêl, kados sacaraning tiyang damêl lisah kalêntik. Dangu-dangu toya asat, lajêng kantun pathinipun, inggih punika pêtis, kawastanan pêtis kupang, nuntên kaêntasa sarta winadhahan ingkang sae.

Mênggah pandhaharipun kupang, kajawi kalihan pêtis kupang, limrahipun mawi lalaban lombok impling utawi jêmprit, sarta limrahipun namung kagadho, kenging ugi kadamêl lawuh.

Bobotipun bab kupang punika kêgolong kawruh rèmèh tur sapele paedahipun, nanging kathah tiyang ingkang dèrèng uninga punapa asal-asalipun tuwin pandamêlipun, mila rèhning nama têtêdhan kados inggih botên wontên awonipun saupami sang rara Kajawèn karsa nyalêmpitakên ing angganipun, mrih dados jêjangkêping sêsêrêpan. Nanging bokmanawi wontên kêkiranganipun kula nyuwun gunging samodra pangaksama. Sokur manawi wontên ingkang kêparêng paring sêsêrêpan sanèsipun malih.

Nirrasa. Kêpanjèn - Malang.

--- 1025 ---

Rêmbagipun Garèng lan Sêmar

Bab Imigrasi

Piridan saking sêsorahipun Radèn Adipati Arya Tirtakusuma, Bupati Karanganyar, tuwin saking sanès-sanèsipun.

(Sambêtipun Kajawèn nomêr 63)

Sêmar: Thole Nala Garèng, lagi anu kowe wis tak caritani, yèn jalaran saka akèhe kaum buruh kang nêka, andadèkake bayarane kaum buruh dadi suda, ya kuwi sing agawe rugine wong-wong sing nagarane digroki dening wong-wong sing nêka mau. Nanging kosokbaline, iya ana bathine, jalaran wong-wong sing nêka kiyi têmtune bajur akèh sing padha anggarap sawah, kang anjalari undhaking wulu pamêtu. Dene bathine tumrap wong-wong asli iki, ing sarèhning wulu pamêtune mundhak akèh, ing kono iya banjur murah pangan.

[Grafik]

Garèng: Mêngko sik, Ma, aku kalilana matur ing ngrêsamu. Anane murah pangan mau, têmtune bisa anjalari mundhake bayaraning buruhan. Awit kaya-kaya, nagara kuwi anggêre murah pangan, wong-wonge nèk ditari dikon nyambut gawe, sing akèh-akèh wangsulane iya tansah: mangke rumiyin. Sanadyan anaa sing gêlêm, nyambute gawe iya jag-jog, ora bisa ajêg. Yèn nyambutgawe sadina wis bisa olèh f 1.- upamane, esuke iya ora gêlêm nyambut gawe, awit turahane dhuwit wingi isih cukup kanggo mangan sadinane manèh, jalaran saka iku banjur ora akèh wong sing butuh nyang pagawean. Ing sarèhning cacahe wong sing gêlêm nyambut gawe kurang, wis mêsthi ta yèn bayaraning buruhan iya banjur mundhak. Rak iya mêngkono, ta, Ma.

Sêmar: We, hla kuwi rak pikirane wong sing bodho, lan sing sugih aras-arasên. Nèk lumrahe nagara kuwi anggêre pangane murah, bayaraning buruhan iya suda, awit anggêre pangan murah, ajining dhuwit kuwi mundhak, ing môngka kêkuwatane buruhan ajêg bae, mulane bayaraning buruhan iya banjur suda. Nanging mungguhing tanah sabrang sing digroki wong-wong Jawa kaya sing tak kandhakake ing ngarêp, suda wuwuhing buruhan iku, bangêt orane utawa timbange gumantung marang kaanane kono. Kang iku bab kiyi mulane ora kêna dipasthèkake. Saiki tak nyaritakake liyane manèh [ma...]

--- 1026 ---

[...nèh]

kang dadi kapitunaning wonge asli, yaiku ing bab pambukaking lêmah, lan anggone ngundhuhi pamêtuning alas. Kuwi dhèk biyèn mung dilakoni dhewe bae, nanging satêkane wong-wong saka tanah Jawa mau, mêsthi bakal ana sing ngêjori.

Garèng: Sing kaya ngono kuwi wis lumrah, Ma, anane rêbut urip ing ngalam donya kene. Aku dhewe malah wis ngalami, nalika aku dêdunung ana ing desa sing babarpisan ora ana wonge mônca, aku lan putramu makne Poniyêm uripe cukup lan sênêng, awit dagangane panganan, yaiku awujud: gêthuk cothot, blanggêm, awug-awug, sêmpora, lan isih ana manèh tunggale, kuwi payu bangêt. Nanging barêng ana wong liya têka, sing uga dodol panganan, kaya ta mêndut, krasikan, utri, nagasari, kuwi dodolanaku banjur padha ngorok. Cêkakane ing donya kiyi pambudidaya sing ana kasile, wis mêsthi yèn banjur ana sing ngêjori. Ewasamono mêksa iya ana kabudidayan sing tanpa ana kang ngêjori, sanadyan pangasilane gêdhe bangêt, nanging sing kaya ngono kuwi arang-arang. Sing tak karêpake kiyi kaya ta upamane: maskape kapal K.P.M. kiyi ora ana sing ngêjori, mulane anggone nêmtokake bayarane, yèn arêp nunggang kapal utawa arêp ngangkatake barang sing kudu mêtu K.P.M. iya sakrêsa-krêsanya bae.

Sêmar: Bab kiyi wis wajibe aku kabèh padha mèlu mrihatinake. Anggone maskape mau bisa nguwasani dhewe, kuwi sababe ora ana liya sing kuwat angêjori maskape mau. Mulane aku mangayubagya bangêt, dene ana kabar, yèn pakumpulan Muhamadiyah duwe ada-ada arêp nyewa kapal dhewe sing bakal ngangkat wong-wong sing padha munggah kaji, sapa wêruh yèn ing têmbe banjur bisa ngêjori K.P.M. mau. Nanging bab kiyi ora prêlu dirêmbug dawa-dawa, luwih bêcik tak banjurake rêmbuge ing ngarêp, yaiku bab liyane manèh kang anane imigrasi bisa agwe kapitunane wong-wong asli, kaya ta: adat tatacarane sok banjur bisa rusak.

Garèng: Mungguhing aku, Ma, sêsrawungane wong-wong saka tanah Jawa, apa manèh sing saka Karanganyar, karo wong-wonge asli, tumrape wong-wonge asli, kaya-kaya ora bakal angrugèkake, awit wong-wong Karanganyar kuwi sing akèh-akèh watake iya kaya putramu kiyi, iya iku: prasaja, sabar, tuwêkal, ayêman ... .

Sêmar: Wiyah, wong wujude badan sakojur pating pleyot ora pêtha mêngkono, anggêpe kathik: prasaja, sabar, tuwêkal. Mungguh watake wong-wong Karanganyar kuwi sing akèh-akèh iya pancèn kaya sing kok kandhakake, mulane kiraku iya ora, yèn banjur bisa ngrusak adat tatacarane wong-wong asli mau. kajaba iku, kudu dièlingi, yèn anane imigrasi mau bisa dadi jalaran sudane kêkuranganing bêras ing panggonan kono, kaya sing wis dingandikakake dening paduka Tuwan Residhèn H. Graandijk ing kalawarti Koloniale studien ing sasi Agustus taun 1922. Kalane andhawuhake anane coban-coban kolonisasi ing Larampung,Lampung. [La...]

--- 1027 ---

[...rampung,] panjênêngane tuwan residhèn angandikakake, yèn wong-wong Jawa sing padha pindhah mrono, anggone panèn pari saka turah-turahe, nganti bisa ngêdol 20.000 pikul, kanggo nyukupi kabutuhaning wong-wong sajabaning panggonan kono.

Garèng: Andene ora, wong Jawa kuwi sok diunèkake: kêsèd, bodho, ora dhêmên nyambut gawe, lan isih ana manèh unèn-unèn liyane sing pancèn ora kêna diêlêg. Dene kiyi kok katon mêncoronge. Cêkake wong Jawa kuwi, anggêre aja dialang-alangi bae, ora-orane nganti kalah karo sapadhaning umat. Nanging lumrahe anggêr katon andhêsêg maju, banjur ana bae rekane sing kanggo angêndhakake, êmbuh lantaran ngowahi pamulangan H.I.S. êmbuh ...

Sêmar: Wiyah, wiyah, bok aja tlencengan mêngkono rêmbuge. Sanyatane mono, imigrasi kuwi nèk ditindakake kanthi gêdhèn, tur anggone mindhah-mindhahake wong-wong mau kanggo prêluning têtanèn, kuwi bisa dadi lantaran majuning dêdagangan lan pasrawungan. Mungguhing dêdagangan, bisa dibuktèkake ana ing karangane Tuwan Schalkwijk kang kapacak ing kalawarti Koloniale Studien sasi Dhesèmbêr 1918, yakuwi: wong-wong Lampung akèh sing padha tuku rajakaya nyang wong-wong ing Gêdhongtatakan, yaiku desane sapadunungane wong-wong Jawa sing padha pindhah nyang Lampung. Kajaba iku, wong-wong pindhahan mau, sing lanang-lanang yèn ana wêktune nganggur, padha ngrewangi anggarap sawahe wong Lampung, dene sing wadon-wadon padha ngrewangi nutu parine wong Lampung. Mara, apa kiyi ora kêna diarani, yèn anane imigrasi kuwi malah nguntungake tumrap wong-wonge asli.

Garèng: Iya, Ma, wis ngrêti saikine aku, saiki ngandikakna mungguh rugi lan untunge wong-wong Jawa sing padha pindhah nyang tanah sabrang kuwi.

Sêmar: Bab kiyi liya dina bae tak caritani, saiki aku arêp prêlu niliki êmbokmu ênom.

[Grafik]

Sêkolahanipun lare-lare yatim saha miskin, ing Wèltêprèdhên, ingkang dipun wontênakên dening pakêmpalan Muhamadiyah.

--- 1028 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah.

Tamu agung ing tanah Jawi.

Kados ingkang sampun kawartosakên ing Kajawèn, bab badhe rawuhipun gupêrnur jendral ing Straits Settlements, saèstu badhe rawuh wontên wêkasanipun wulan punika. Miturut rancangan, ing tanggal 28 Agustus, paduka Sir Cecil Clementi dhahar siyang wontên ing Batawi, lajêng bidhal dhatêng Bandhung nitih mêsin mabur K.N.I.L.M. kanthi sèkrêtaris partikêlir. Dalu nyare ing dalêm karesidhenan Priyangan têngah. Dalunipun kagungan karsa badhe mariksani kantor palintangan ing Lêmbang. Enjingipun dhatêng Malabar, sasampunipun dhahar siyang lajêng dhatêng Garut.

Pulo Krakatao.

Kawontênaning jêblosan, kathah ingkang botên katingal, jalaran kaling-kalingan awu. Nanging kakintên langkung 615 rambahan. Ingkang inggilipun langkung 500 mètêr wontên 11 rambahan. Ingkang inggil piyambak 800 mètêr. Wontên muncratan latu dangunipun 6 mênit, siti kraos orêg sakêdhap. Pulo anakan Krakatao inggilipun sampun 38 mètêr.

Panuntun Komunis ing taun 1926.

Kala tanggal 3 Agustus wontên kaum Komunis 3 dhatêng saking Singgapura dipun irid ing pulisi, 1. Tuwan Mukhamad Ali, asli saking Tangêran, 2. Jamaludin tuwin 3. Kaji Mahmud, sami asli saking Sumatra pasisir kilèn. Panuntun tiga pisan wau sakawit sami sumingkir dhatêng jajahan sanès, kala ing taun 1926. Wontên ing Singgapura nindakakên damêling Komunis sêsarêngan kalihan Komunis Tionghwa. Lajêng dipun oyak-oyak dening parentah, sumingkir saking ngriku, wusana kacêpêng, sapunika katahan wontên ing pakunjaran gang têngah.

Munduring ngingah rajakaya.

Ing bawah Garut katingal suda sangêt kawontênanipun tiyang ngingah rajakaya. Sudaning rajakaya wau kakintên jalaran saking munduring pangupajiwa.

Ngayomi kewan.

Wontên sawênèhipun bôngsa Inggris nama Tuwan Hubback, asli saking Pahang, Malakah, ingkang mêntas ambêbujêng dhatêng Acèh, badhe gadhah usul dhatêng parentah Indhonesiah, supados ngawontênakên wana kangge papaning kewan galak, awit wontênipun kewan ing ngriki dangu-dangu saya têlas. Bilih parentah botên ngayomi, ing laladan Acèh dangu-dangu botên wontên gajah tuwin warak.

Lulus saking Stovia ing Batawi.

Lulus iksamên Ind. Art bagean wiwitan, Tuwan Sukirman asli saking Kudus.

Pêpetangan pos.

Cacahipun sêrat andhêtèkên ingkang kakintunakên dhatêng sanès nagari ing taun 1929 wontên 655.347, dene ing taun 1928 wontên 587.247.

Gunggunging sêrat saking sajawining nagari ing taun 1929 wontên 536.294 ing taun 1928 wontên 325.533. dados sadaya wau mindhak.

Panyadenipun prangko ing taun 1929 wontên 1.3 yuta rupiyah, tinimbang taun 1928 langkung kathah f 20.000.-

Kintunan pos wisêl dhatêng sanès nagari ing taun 1929 wontên 177.167, gunggunging arta 8 yuta rupiyah. Arta ingkang dipun bayarakên 23 yuta, cacahing pos wisêl 422.486.

Kabêsmèn agêng-agêngan.

Kawartosakên, kala malêm Ngahad kapêngkêr, ing Banjarmasin wontên kabêsmèn, ingkang kabêsmèn ing Pacinan kampung Pamujian, Tarakan, griya sakampung têlas sadaya. Tiyang ingkang botên gadhah griya wontên 1500, kapitunan 1 yuta rupiyah.

Ngintunakên tiyang golongan Komunis dhatêng Padhang.

Kawartosakên, wontên têtiyang golongan Komunis cacah 79 kapindhah saking pakunjaran ing Sragèn dhatêng pakunjaran ing Padhang.

Ingkang sinuhun ing Ngayogya rawuh ing Batawi.

Kala tanggal 4 Agustus, ingkang sinuhun ing Ngayogya kanthi Tuwan Gupêrnur Van Gresseler Verschuir tuwin pangeran kêkalih, rawuh ing Batawi, prêlu sowan Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana. Wontênipun ing pura konêngsêplèin dipun tampi kanthi pahargyan.

Ki Hajar Dewantara botên sagêd dhatêng Palembang.

Ing bab anggèning bêstir Volksonderwijs ing Palembang kintun tèlêgram dhatêng Ki Ajar Dewantara, dipun aturi rawuh dhatêng Palembang, botên kasêmbadan, amargi nyarêngi Taman Siswa ngawontênakên konggrès.

Kathah sima.

Ing bawah Jaganalan, Klathèn, tansah dipun ambah ing sima, kirang langkung wontên 7, ngantos adamêl girising tiyang. Têtiyang sami ngintên, sima-sima wau asli saking wana rêdi Marapi, badhe pados [pado...]

--- 1029 ---

[...s] toya ngombe. Asistèn wadana ing Jaganalan ugi lajêng nindakakên rêrigên, sampun sagêd mêjahi sima kalih. Dene sima-sima ingkang katingal wau warni-warni, wontên ingkang tutul, kombang tuwin gembong.

Langkung saking ingkang dipun bêtahakên.

Pakaryan pos mêntas marak-marakakên, bilih tanggal 1 Agustus ing Bandhung dipun wontênakên kursus montir, badhe nampèni murid 27. Wusana kabêtahan ingkang namung badhe migunakakên tiyang 27 wau, ingkang gadhah panêdha wontên tiyang 1350, punika dèrèng kapetang tiyang ingkang kawangsulakên jalaran botên nêtêpi wêwatoning dados murid.

Asiah.

Kawontênan ing tapêl watês lèr kilèn.

Bombai 30 Juli (Aneta-Nipa-Radio). Kawartosakên ing bab tuwuhing rêrêsah ing watês lèr kilèn, jalaran wontên mêsin mabur Inggris 70 ngêbomi dhusun-dhusun tuwin bètèng-bètènganing têtiyang siti ing ngriku. dene wohipun pangêbom dèrèng wontên.

Sangsa kenging karêbat malih.

Nanking 1 Agustus (Aneta-Nipa). Ministêr wadya lautan tampi pawartos, opisil lumantar radhio saking kapal pêrang Yungsèng, mratelakakên ing bab anggèning Sangsa kenging karêbat malih, kanthi anindakakên bom anggêgirisi dhatêng wadya abrit. Wadya lautan lajêng minggah ing dharatan nindakakên papriksan, saha ngêntosi bêbantu wadyabala saking Hanko.

Pawartos saking Syanghai mratelakakên, golongan abrit kèngsêr saking Sangsa lampahipun ngalèr ngetan.

Sang Kai Sèk dhawuh ngangkatakên wadya kalih bragada saking Cungking dhatêng Hanko ambiyantu pajagèn.

Jawah ingkang ambêbayani.

Tokiyo 1 Agustus (Aneta-Nipa). Wontên jawah prahara damêl karisakan kitha-kitha sacêlakipun Kiyoto. Ing Pusimi wontên griya 2000 kêlêban, têtiyangipun wontên 7000 sami ngungsi dhatêng sêkolahan-sêkolahan. Para wadya tumindak ing damêl ambage têtêdhan.

Pasitèn ingkang kêlêban kathah sangêt, sagêd ugi têtanêmanipun sami sirna. Mingsêding pasitèn adamêl karisakaning margi sêpur pintên-pintên panggenan.

Botên kenging damêl arak-arakan.

Bombai 3 Agustus (Aneta-Nipa). Wontên punggawa konggrès cacah 6 kalêbêt Patel tuwin Pandit Malavya sami dipun cêpêng pulisi ingkang ngawisi damêl arak-arakan agêng ingkang dipun adani dening punggawa konggrès. Lampahing arak-arakan wau anglangkungi pajagèn pulisi, malêbêt dhatêng panggenaning têtiyang dagang bôngsa Eropah. Sasampunipun pinanggih lêlampahan makatên, têtiyang lajêng pating salêbar, ngantos sadalu muput.

Pulisi tumindak kêncêng.

Bombai 3 Agustus (Aneta-Nipa). Pulisi ngancam dhatêng panuntun Vallabhai Patel tuwin sanès-sanèsipun, supados ambibarakên arak-arakan. Sadaya lajêng sami asrah badan supados kacêpêng. Sasampunipun makatên, golongan arak-arakan lajêng bibaran, namung wontên barisan ngajêng cacah 100 kêpêksa dipun dhawahi gêbag. Arak-arakan wau prêlu kangge mèngêti Tilak, panuntun kabangsan ingkang ngajal kala ing taun 1920.

Bab imigrasi bôngsa Tionghwa jalêr.

Parentah ing Straits rumaos kuwalahên nyumêrêpi kawontênaning bêrah ing salêbêtipun nagari, awit kathah ingkang nganggur, jalaran saking kathahing imigrasi. Ing sapunika lajêng badhe ngawontênakên awisan imigrasi bôngsa Tionghwa jalêr ing salêbêtipun 3 wulan.

Wohing tindakipun wadya Turki.

Angora 3 Agustus (Aneta-Nipa). Wadya Turki cacah 30.000 sasampunipun nêmpuh dhistrik Ararat yelah, sagêd angêbroki 250 dhusuning bôngsa Koerdistan, tuwin ambibarakên wadya Koerdistan ingkang mêmêngsahan. Golongan wadya Turki ngêbroki papan ingkang wigatos ing saurutipun watês Pèrsi, prêlu kangge ngalang-alangi golongan Koerdistan ingkang langkung ing ngriku. Kapratelakakên, golongan Koerdistan nalika campuh wau, kecalan tiyang 2000.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 4004 (R. Daryasupala, Gang Verburgt No. 13 Welt) bayaran sampun kula tampi. Kajawèn inggih lajêng kakintun.

Lêngganan nomêr 3349 ing Sêmarang. Inggih, lêrês panjênêngan.

Lêngganan nomêr 4575 ing Bèwèh. f 3 punika tumrap wulan: Ogustus 1930 dumugi Januari 1931. Wontênipun nampi rangkêp jalaran kalêbêt lêngganan enggal. Sapunika sampun kalêrêsakên.

Agèn nomêr 1358 ing Jayengan. Lêngganan enggal kêkalih sami kapetang wiwit Juli. Dene manawi wontên nomêr ingkang botên katampi, kêdah nêdha dhatêng tiyang ingkang dipun gêntosi namanipun, inggih punika: R. Wiryaruwiya, dhatêng Ki Puspapradôngga. Cakrawiryana dhatêng M. Darmalukita. Agèn ingkang kêdah ngurusakên.

--- 1030 ---

Wêwaosan.

Sêrat Ramayana

5.

[Mijil]

tumindaking pahargyan tan srênti / wong sapraja ngêtog / bela suka sukur ing gustine / dènnya samya suka-suka ngênting / laminira kongsi / sacôndra anutug //

saatuting kang pangantyan sami / Dhasarata Katong / kaparênge sri narendra mangke / kang pangantèn kawan jodho sami / arsa dèn boyongi / mring Ayodya kondur //

sawusira satata miranti / dènirarsa boyong / nulya pamit maring ari mangke / Sri Janaka miwah nata ari / arsa budhal nuli / amboyong sadarum //

Sri Janaka adhêdhawuh nuli / maring wadya katong / samaptaa kanthi laku gêdhe / ing satindak aywa nguciwani / dikapara luwih / kalawan duk dhaup //

para wadya ing Mitila sami / agita mirantos / tan kuciwa ing uparênggane / rak-arakan amênuhi margi / kang pangantyan sami / asri ginarubyug //

tan winarna wus budhalan nuli / janma samya alok / ing Mitila salami-lamine / para janma tan netra mrangguli / tontonan kang adi / kadi duk puniku //

tan kawarna lampahirèng margi / samana wus rawoh / ing Ayodya kang adi tan pae / lir Mitila wus rinêngga luwih / sauruting margi / tinrapan bul-umbul //

sêkar-sêkar anjrah angrênggani / carub gônda amor / lan gêgandan jêbat kasturine / kongsi mulêg lir angukus margi / satêmah nêrusi / maring tyas wèh trênyuh //

têtabuhan ngangkang angurmati / rame sagon-ênggon / binarung ing surak kana-kene / kang pangantyan duk nèng srimanganti / nulya mandhap sami / umanjing kadhatun //

nahên pura para pramèswari / têtiga agupoh / mêthuk maring pangantèn praptane / ginarubyug kênya jroning puri / ing sêmu katitik / suka sakalangkung //

wusing samya manjing pura nuli / sri nata dhêdhawoh / murwèng suka janma sadayane / wus linilan tanpa sônggarunggi / maratani kongsi / prapta janma dhusun //

sagon-ênggon samya suka ngênting / tanpa pilih uwong / rina wêngi tan ana kêndhate / parandene tanpa tulah sarik / malah yèn tinampi / lir pudya gumrumung //

kasoking tyas sri nata makongsi / yayah ngrasa anom / sing kadayan suka panggalihe / anon putra catur rukun sami / anggung kanthèn sami / samya ayu bagus //

IV. Sang Rama kasingkirakên.

[Kinanthi]

lulus tanpa saru-siku / pangantyan sadaya sami / mangkya putra Sang Barata / miwah Satrugna winarni / arsa maring liyan praja / mêncar lan nata tan nunggil //

nulya abudhalan sampun / sri nata karasèng galih / ketang dènira kapisah / kalawan putra kêkalih / nanging tan dangu sri nata / tumuli lilih kang galih //

praja dununging sang bagus / lêlampahan pitung ari / dene Rama myang Laksmana / tatêp nèng pura ngrênggani / winongwong ing ibu rama / pinutra danu sayêkti //

ciptanirèng galih prabu / baya wus sêdhêng saiki / ingsun ngêsrahkên karajan / marang putraningsun iki / iya putraningsun Rama / dene wus katon winanci //

awit ing panawang ingsun / kaya wus tan nguciwani / pantês mêngkua nagara / dening wus nyata katitik / unggul kawasa misesa / maring para ripu sakti //

myang pra kawula wus sayuk / katon trêsna maring gusti / tan pae lan jênêng ingwang / pra kawula wus nrêsnani / tan darbe rasa tan rêna / katon ngêmong anglabuhi //

sri nata nulya dhêdhawuh / mêpak sanggyaning bupati / yèku kang para nayaka / piniji arsa anggusthi / riwusing samya sumewa / sri nata dhêdhawuh nuli //

hèh para nayakaningsun / saka karsaningsun mangkin / yèn pinarêngake dewa / putraningsun Rama nuli / ingsun pasrahi karajan / apa sira nayogyani //

sadaya asaur manuk / kados wus tan madal sumbi / kalamun satriya Rama / têtêp jumênênga aji / ing praja tanpa kuciwa / sinuyudan ing sasami //

dahat rêna sang aprabu / nulya dhawuh animbali / mring putra satriya Rama / datan dangu pan wus kerid / sang nata nulya ngandika / linut ing èsêm amanis //

kulup Rama wruhanamu / sira tumindaka nuli / amung sahing pujabrata / lan sukura mring dewadi / yèku môngka bêktinira / maring kang sipat pinuji //

dene jatinira kulup / sira arsa sun sèlèhi / kaprabon praja Ayodya / sira aja pisan kongsi / dènirantuk kaluhuran / tinggal sukur ing dewadi //

yèn sambada sira sesuk / sun angkat jumênêng aji / dhawuh nata kang mangkana / tumrap Sang Rama sayêkti / raos mangguh kanugrahan / kang pinunjul ing sabumi //

kang pawarta sumarawung / nèng praja wus maratani / pra janma sapraja suka / tan pêgat sayuk mêmuji / mring luhurira Sang Rama / mrih pinuji ing sabumi //

wahyaning kang suka sukur / saking dènira nêrusi / samya sih trêsna mring Rama / mangkya janma sanagari / sarêngan samya ngrêrêngga / môngka pahargyaning gusti //

urut têpining dalanggung / rinêngga kalangkung asri / datanapi wisma-wisma / rinêngga-rêngga waradin / sagon-ênggon katon mubyar / datan pae darbe kardi //

sadaya amung anunggu / dhawahing pambiwadhaji / sadaya arsa sarêngan / ambarung anut ngrênggani / mring kang nêmbe winisudha / kang kinasih ing dewadi //

sanyata lamun winuwus / lamun sri narendra siwi / dènnyarsa jumênêng nata / mung mawèh sukaning ati / praptaning kawula pisan / tan pae raosing gusti //

ananging sajatinipun / sukaning janma sanagri / sanyata maksih kasêlan / raos kang tan nayogyani / yèku garwa sri narendra / kang nama Dèwi Kekayi // (Badhe kasambêtan)

--- [1031] ---

Ôngka 65, 17 Mulud Taun Jimawal 1861, 13 Agustus 1930, Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50. bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Margi ing Genjeran, Surabaya

[Grafik]

Gambar nginggil punika kawontênanipun margi ing salah satunggiling padunungan ingkang sêpi ing Surabaya tiningalan ing wanci enjing.

--- 1032 ---

Kawruh Sawatawis

Pratikêlipun Malitur Gandhèngipun Kalihan Pangirit.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 64.

Mênggah panggarapipun ingkang saèstu, pangumbahipun dandosan ingkang badhe kaplitur wau kêdah ngangge sodhah, punika rêrêgêdipun dados mêdhok wasana gampil larutipun ngantos kajêngipun katingal cêtha kados sadèrèngipun dipun pulas. Êtrapipun sodhah wau kaosèr-osèrakên mawi sêpêt supados botên dados sônggarunggi dhatêng ingkang anggarap. Êmpanipun toya sodhah dhatêng tangan lidhas, lêrês botên punapa-punapa, nanging botên sakeca raosipun. Sasampunipun wradin nuntên ginrujug ing toya, pisan damêl ginosok ing sêpêt sanèsipun, sakêdhap kemawon sampun luntur katôndha kajêng sampun katingal cêtha, sodhah wau mèh sabên toko wontên, rêginipun mirah f 0.50 sampun angsal sagêndul bir. Adatipun kanggenipun kêdah dipun jogi toya sagêndul êngkas supados botên kêkêrasên. Petanganipun botên ngantos wontên 1 sèn ing dalêm kursi satunggal (upami kursi dhudhuk). Sasampunipun garing, sanadyan kajêng wau kêtingalipun sampun alus, nanging êmèk-êmèkanipun taksih kasab, pramila prêlu dipun gosok mawi amril supados alus. Sampun mawi ingkang kasar, awit punika dede garapan têrusan, mindhaka pintên dados pating blarèt. Sapunika sampun wiwit kenging namakakên plitur mawi ingkang kênthêl rumiyin, garingipun têmtu enggal sangêt. Salajêngipun kêdah ginosok malih mawi kêrtas, amril ingkang sampun kangge, botên kenging mêtêk-mêtêk, anggang-anggang sampun cêkap. Yèn kaêmèk sampun alus lajêng dipun dhawahi malih, taksih plitur kênthêl, lan sagaringipun kêdah ginosok amril malih, salajêngipun. Dados bibar numpangi kêdah anggosok. Sapunika sampun kenging numpangi mawi plitur cuwèr, kaping kalih sampun cêkap, usar-usaripun kuwas, lan kaping tiganipun santun gosokan mawi rosokan kaos. Kaos wau dipun kuwêl-kuwêl agênging kuwêlan kadugi-dugi piyambak murih sakecanipun cinêpêngan. Kacêlupakên ing plitur lajêng kagosokakên ingkang wradin, sapunika sampun nama rampung. Barang wau sampun katingal mancèrèt kados ingkang nêmbe mêdal saking tukang mèbêl. Tumrap ingkang têrasan, dados garapan enggal, pulasipun kênthêl kaping 4, pulasipun cuwèr ugi kaping 4, pungkasanipun pulasan ingkang ngangge rosokan kaos, têmtu sampun cêkap. Garapan wau ingkang pêcak sapisan wontên kêkiranganipun, nanging dangu-dangu saking pakulinan têmtu manggih wadosipun mêdal saking angên-angênipun piyambak, pramila sampun bosên.

Kados kacriyos lampahipun ngirit-irit mêdal ing margi utami, sampun kula petang yèn ambêrahakên mirah-mirahipun tumrap kursi satunggal nyarupiyah, yèn kêrsa riyalat lan ngêcakakên piyambak wragadipun [wra...]

--- 1033 ---

[...gadipun] botên ngantos f 0.20. Yèn dipun manah bab wêdaling arta dhawahipun sami-sami, tumap ingkang nylirani bathinipun kasagêdan, punika ingkang sanyata kautamènipun.

Wasana andharan kula namung dumugi samantên, kirang langkungipun nyuwun pangapuntên, têlênging rêmbag babagan makatên punika kasumanggakakên.

Sumadi. Pangarasan.

Jagading Sato Kewan

Lêmbu Bênggala

Ing jaman salangkung taunan sapriki, lampahing among dagang ing tanah Jawi, kenging dipun wastani majêng, sanadyan dèrèng kenging dipun wastani kados jaman sapunika, nanging ugi sampun nama majêng. Mênggahing ajênging among dagang sagêd nitik saking wontêning asil siti ingkang dipun bêkta lêlintonan dhatêng sanès nagari, saya katingalipun malih manawi dipun titik saking kawontênanipun asil siti ingkang kabêkta dhatêng tanah sabrang.

Tamtu kemawon lampahing padagangan ingkang kados makatên wau, sanadyan tiyang ingkang botên anggadhahi, ugi botên kirang ingkang kacipratan barkahipun, sarana anggènipun bêbêrah. Dene lampahing bêbêrah wau warni-warni, wontên ingkang sarana angkat junjung, wontên ingkang sarana momot ambêktakanambêktakakên. bêbêktan dhatêng sanès panggenan.

Bêbêktan ingkang dipun bêkta têbih, limrahipun dipun wastani momotan, dene ingkang kangge ngêmot wau grobag, panarikipun lêmbu.

Saking kêlimrahipun kala jaman samantên, bab lêmbu punika dipun wigatosakên sangêt dhatêng tiyang kathah, lan katingal sangêt anggènipun dipun prêtèni, mila ing bab wontênipun pêkên rajakaya kala rumiyin inggih kalangkung agêng. Ingkang dipun wastani agênging pêkên rajakaya wau, botên kok agênging pêkên kewan pragatan, nanging pêkêning kewan ingkang badhe kangge tarikan, awit têtiyang sami ambêtahakên lêmbu ingkang nama sae, mila manawi nuju kalanipun pêkênan, kathah tiyang sami dhatêng pêkên, prêlu badhe tumbas lêmbu utawi nglintokakên lêmbunipun, pados ingkang langkung kiyat tuwin anèm.

Kala ing jaman samantên punika, sabên margi agêng katingal wontên garobagipun lêmbu lampah pating gêrot urut-urutan, saya tumrap ing margi-magi ing kabudidayan agêng, limrahipun kabudidayan gêndhis, grobag lêmbu wau kathah sangêt. Nanging lêmbu wau limrahipun dipun wastani lêmbu Jawi, têgêsipun lêmbu wêdalan ing tanah Jawi, wujudipun alit-alit. Tamtu kemawon kawontênaning lêmbu kados makatên punika, tumrapipun kangge tarikan inggih nguciwani, têgêsipun botên sapintêna kiyatipun, tuwin manawi ingkang ngêtrapi

--- 1034 ---

momotan botên mawi dugi-dugi, inggih lajêng enggal bobrok. Dangu-dangu tiyang Jawi sagêd angsal tarikan lêmbu bênggala, ing ngriku lajêng sagêd ngraosakên mênggah bedaning cakipun ing damêl, awit langkung kiyat tinimbang lêmbu Jawi, dados pikantukipun langkung agêng, awit sagêd ambêkta momotan ingkang langkung saking padatan, mila dangu-dangu têtiyang Jawi saya nêngênakên dhatêng lêmbu bênggala.

[Grafik]

Lêmbu-lêmbu bênggala ing Sumba ingkang kagiring badhe kakintunakên dhatêng tanah Jawi.

Ing bab makatên punika lajêng dipun uningani dhatêng parentah, têrang bilih têtiyang Jawi rêmên dhatêng lêmbu ingkang kados makatên punika. Ing ngriku parentah lajêng ambudidaya andhatêngakên lêmbu bênggala tulèn, asli saking nagarinipun, prêlu dipun angge pamacêk. Mênggah karsanipun nagari, supados lêmbu wau anuruni, dados lêmbu kajodhokakên kalihan lêmbu Jawi.

Ingkang kangge cobèn-cobèn, parentah milah panggenan ing dhusun Mirit, Kêbumèn, ing ngriku dipun wontênakên pabranahan lêmbu mêndhêt saking bapa lêmbu bênggala, biyung Jawi, kalampahan sagêd tumindak sae, turuning lêmbu wau agêng-agêng, kathah sangêt kaotipun manawi dipun timbang kalihan lêmbu Jawi dêlês. Mila parentah tanpa kêndhat tansah andhatêngakên pamacêk saking sabrang, amargi kathah tiyang ingkang badhe nindakakên.

Nanging dangu-dangu parentah anggalih, bilih tindak makatên wau wontên botên prayoginipun, nguwatosakên manawi tindak wau kandhêg, awit ugi wontên kalamôngsa awisan botên kenging ngêdalakên lêmbu saking satunggiling nagari, upaminipun manawi nuju môngsa pêrang, usum sêsakit rajakaya utawi sanès-sanèsipun.

Parentah lajêng manggalih, kados prayogi ambranahakên lêmbu bênggala tulèn, tinimbang ambalastêrakên tadoskados. cara ingkang sampun tumindak. Dados botên gumantung ing tanah Indhu kemawon. Nanging mênggah caraning ambranahakên lêmbu ngamônca, inggih lêmbu bênggala wau, kêdah sagêd angsal papan ingkang: hawa, têdha tuwin sanès-sanèsipun sami, kados ing Indhu.

Kalampahan parentah sagêd amanggihakên papan ingkang nocogi, inggih punika ing Sumba utawi ing Sandhêlhut. Pasitènipun ing ngriku punika kakintên anocogi kangge pambranahan, têbanipun wiyar sangêt, têdha botên kirang, toya [to...]

--- 1035 ---

[...ya] kathah, ingkang kawontênanipun sairib kados papaning lêmbu bênggala asli wau.

Sasampuning maton, kala ing taun 1913 parentah andhatêngakên lêmbu saking Indhu 300, lêmbu samantên wau ingkang èstri 250, jalêripun 50. Dene caranipun ambranahakên makatên:

Lêmbu wau lajêng kagadhuhakên ing tiyang, sabên tiyang satunggal dipun gadhuhi lêmbu jalêr 1, èstrinipun 12 dumugi 20. Dene salêbêtipun anggadhuh wau, ing sabên taun nganaki dhatêng parentah awarni lêmbu jalêr 1, ngantos dumugi mangsulakên kados cacahipun sakawit, lan lamining anggènipun mangsulakên babon wau botên dipun watêsi.

Tumrap tiyang ingkang anggadhuh, pangupakaranipun gampil sangêt, awit lêmbu wau lajêng dipun wanakakên kemawon, namung kadhangkala dipun etang utawi dipun kandhangakên, prêlunipun supados lêmbunipun sampun dados galak.

Mênggahing pêpetangan, tiyang ingkang anggadhuh wau sakeca sangêt, sakawit anampèni lêmbu saking parentah, lêmbu wau sawêg umur 2 taun, limrahipun umur 3 taun sampun laki, dados manawi anggènipun anggadhuh sampun 3 taun, limrahipun sampun manak kaping kalih. Dene limrahipun lêmbu ingkang dipun ingah kados makatên punika manakipun palihan, sapalih jalêr sapalih èstri. (Badhe kasambêtan)

Kawruh Jawi

Kawruh Padhalangan

III. Wanci lan urutipun lampah.

Supados botên tuna dungkap, ing ngriki badhe kula urutakên lampahipun saha gandhèngipun kalihan wanci.

Wiwitipun angringgit, inggih punika jêjêr sapisan, wontên antawisipun jam 8 sontên.

Rampung jêjêr kondur ngadhaton. Sabibaripun punika lajêng pasowanan jawi, tumuntên lurugan. Bidhaling prajurit warni parampogan (rêmpak) wontên ugi ingkang botên mawi lurugan. Dumugi punika taksih kalêbêt jêjêr sapisan.

Kondur ngadhaton, pasowanan jawi, tuwin lurugan punika wontên ingkang mawi gêndhing, wontên ingkang botên.

Bibar punika lajêng sampakan, dipun wastani: prang ampyak, utawi prang rêmpak, nanging punika botên kapetang sampakan, sabab punika dèrèng tamtu mawi.

Jêjêr ingkang kaping kalih, antawisipun jam 10. Sabidhalipun jêjêran lajêng sampakan ingkang sapisan, inggih punika: prang alit, utawi: prang simpangan. Dumugi punika antawisipun jam satêngah sawêlas.

Sarampungipun jêjêran ingkang kaping tiga, lajêng sampakan [sa...]

--- 1036 ---

[...mpakan] ingkang kaping kalih, inggih punika: prang sêkar, utawi: prang gagal. Dumugi punika antawisipun jam satêngah kalih wêlas.

Gara-gara, antawisipun jam 12 wêdalipun prêpat Pandhawa. Sami bêbanyolan, sêndhon, gêndhingan.

Sabibaripun prêpat sami bêbanyolan lajêng jêjêr ingkang kaping 4, bibar jêjêr lajêng sampakan ingkang kaping tiga, inggih punika prang begal. Dumugi punika antawisipun jam satêngah tiga.

Jêjêr ingkang kaping gangsal, lajêng sampakan ingkang kaping sakawan (prang tanggung, upawi prang sanga). Dumugi punika antawisipun jam satêngah sakawan.

Jêjêr ingkang kaping nênêm. Bibar jêjêran lajêng prang tanggung ingkang kaping kalih utawi prang manyura sapisan. Namung punika botên kapetang sampakan, awit botên têmtu mawi. Dumugi punika antawisipun jam satêngah gangsal, utawi langkung.

Jêjêr ingkang kaping pitu, lajêng sampakan ingkang kaping gangsal, dipun wastani: prang agêng utawi: prang manyura, dumugi galong (amuk-amukan). Inggih punika prang pungkasan, dumugi antawisipun jam satêngah nênêm (banjun enjing).

Têlas-têlasaning prang galong lajêng tayungan. Bibar punika lajêng kalêmpakaning para nata lan para satriya, tuwin para wadya. Lajêng katutup ing rêdèn (kayon) binarung ing pradôngga. Inggih punika ingkang dipun wastani: tutup kayon, antawisipun jam 6 enjing, byar raina.

Gôngsa tuwin pathêt.

Ringgitan purwa punika prabotipun gôngsa salendro. Wêwatoning panabuhipun gôngsa punika dindipun. wastani pathêt. Dene pathêt wontên warni tiga: pathêt 6, pathêt 9, pathêt manyura.

1. Pathêt nêm, inggih punika kangge wiwit jêjêr sapisan, wanci jam 8 sontên, dumugi jêjêran ingkang kaping tiga, utawi ngajêngakên gara-gara, kintên-kintên jam 11 kapara langkung.

Salêbêtipun wanci kasêbut nginggil, panabuhipun gôngsa kêdah ajêg ngangge pathêt 6. Punapadene lagon, ada-ada, tuwin suluk sasaminipun inggih kêdah ingkang pathêt 6.

Pathêt 9. Punika dipun angge wiwit jam 11 dumugi jam 3. Wêdalipun ringgit wiwit prang sêkar (ngajêngakên gara-gara), dumugi jêjêr ingkang kaping gangsal.

Pathêt manyura (manywara), punika dipun angge wiwit jam 3 dumugi jam 6 enjing. Wêdalipun ringgit wiwit jêjêr ingkang kaping 6 dumugi tutup kayon. Salêbêtipun gara-gara, inggih punika wêdalipun prêpat, ngangge pathêt manyura. Sabibaring gara-gara wangsul malih dados pathêt 9.

Dados panganggening pathêt punika katumbukakên kalihan wanci tuwin wêdaling ringgit, lan sadaya kawêngku dening pathêt. Kados ta yèn pinuju kôndha salêbêting pathêt 6, kêdah ingkang sarèh, swara agêng. Manawi sampun pathêt 9 radi cancut, swara mindhak alit. Lan yèn sampun pathêt manyura, kêdah cancut, swara saya alit. Mila wanguning ringgit sasagêd-sagêd inggih kêdah salaras kalihan nuju wêdalipun. Upaminipun: wontên Krêsna ingkang kangge wontên pathêt 6, wontên ingkang kangge pathêt 9, lan wontên ingkang kangge ing salêbêtipun pathêt manyura. Swaranipun [Swarani...]

--- 1037 ---

[...pun] Krêsna ugi kêdah tigang warni, miturut pathêt, kados ingkang kasêbut ing nginggil. Trêkadhang Krêsna ingkang kangge jêjêran, wangunipun beda kalihan Krêsna ingkang pinuju mabur.

Kajawi punika kyai dhalang anggènipun nêdhani gêndhing kangge jêjêran ugi kêdah ngèngêti dhatêng pathêt, jalaran satunggal-satunggaling gêndhing gadhah pathêt piyambak-piyambak, tuwin watakipun ugi beda-beda. Badhe kasambêtan.

S. Purwawiyata. Wêlèri, K. 3018.

Bab Ukuran, Takêran lan Timbangan

Sampun watawis wulan laminipun anggèn kula amêmanah kalihan mitra kula ingkang pakaryanipun magêpokan kalihan bab ingkang badhe kula andharakên punika. wigatosipun ngrêmbag ing bab kasêbut nginggil, awit mênggahing pamanggih kados ugi prêlu yèn ta bab wau dipun sumêrêpana ing ngakathah, jêr sadaya tiyang tamtu kêsrambah.

Botên ngêmungakên tumrap kaum dagang kemawon prêlu migunakakên ukuran, takêran punapadene timbangan, inggih punika kangge ngêngukur, nênakêr tuwin nênimbang samubarang dêdaganganipun ingkang mêdal sarta mlêbêt. Ananging sanadyan tumraping tiyang gêgriya, nênukang, dados priyantun utawi ngulia pisan, tuwin sanès-sanèsipun, ugi sok migunakakên barang tigang golongan wau, kados ta: kêpengin lan prêlu nyumêrêpi sapintên panjang, wiyar, inggil, agêng, jêmbar tuwin bobotipun barang, punapadene tumrap nindakakên wajib, saha sanès-sanèsipun, amargi saking punika tiyang prêlu ugi nyumêrêpi lan mangrêtos dhatêng bab wau sadaya, pundi ingkang winastan lêrês lan prayogi, dados bilih wontên ewah-ewahan enggal, inggih prêlu kêdah sumêrêp lan mangrêtos pikajêngipun.

Tumrap ing tanah Jawi kala ing jaman kina, sadèrèngipun wontên ukuran ingkang nama: elo, mètêr, jar, sapiturutipun, tiyang Jawi ugi sampun gadhah ukuran piyambak, inggih punika ingkang kawastanan: pêcakan, kakèn, êron, dhêpan, cêngkangan, nyarèn, kilan, tumbakan, dêdêgan tuwin sanès-sanèsipun. Samantên ugi bab takêran, sadèrèngipun wontên nama litêran sapiturutipun, ugi sampun gadhah tatanan piyambak, kados ta gantangan, bêrukan, raupan, cêkothokan, gêgêman, jumputan, kranjangan, bojogan, cênthakan lan sanès-sanèsipun. Tuwin malih ing bab timbangan, sadèrènging wontên katèn lan gram-graman, pun lan onês, tiyang Jawi ngangge timbangan ingkang kawastanan: sagan, rêmbatan, tênggulukan (panggulan) gendhongan tuwin sapanunggilanipun.

Sadaya tiyang manawi prêlu ngêngukur, nênakêr tuwin nimbangi samubarang, inggih ngangge gadhahanipun piyambak wau, malah dumugi sapriki ingkang makatên punika [pu...]

--- 1038 ---

[...nika] limrah taksih sok kangge, langkung-langkung caraning padhusunan.

Sarêng tanah Jawi kaasta guprêmèn, lajêng wontên pranatan enggal, ing bab ukuran, takêran lan timbangan santun gagrag dados: mètêran, litêran, tuwin gram-graman sapanunggilanipun wau.

[Grafik]

Timbangan ingkang katêtêpakên dening parentah.

Wusana nyarêngi tumapakipun taun 1928 punika nagari angwontênakên pranatan langkung enggal malih, kados ingkang kapacak ing Staatsblad 1 Januari 1928 No. 255. Lajêng angwontênakên pakayanpakaryan. enggal ingkang ngêmungakên anitipriksa sarta anjagi ing bab sae, lêrês lan prayoginipun bab ukuran, takêran lan timbangan wau gêgayutanipun kalihan among dagang, kantoripun ingadêgakên ing pundi-pundi panggenan ingkang winical kathah bôngsa among dagang, kantor wau kawastanan: Ykwezenkantoor.

Saking pamirêng kula piyambak, kitha-kitha ingkang sampun wontên kantoripun Ykwezen inggih punika ing Batawi, Sêmarang, Surabaya, Bandhung, Cirêbon, Ngayogyakarta, Malang, Medhan, Makasar, Banjarmasin, Palembang tuwin sanès-sanèsipun, têmtunipun saya dangu inggih saya dipun jêmbarakên malih.

Sarêng wontên adêgipun pakaryan Ykwezen wau, ing pundi-pundi panggenan kathah tiyang pitakèn: punapa ta prêlunipun kantor Èikwèsên punika, lan ing ngriku panggenanipun punapa.

Pitakenan ing nginggil punika nelakakên bilih dèrèng jothok dhatêng karsanipun nagari angwontênakên pakaryan wau, tuwin punapa pigunanipun. Mila mugi kauningana bilih salami-laminipun, guprêmèn punika tansah mrihatosakên dhatêng para kawulanipun sadaya, murih tata lan têntrêm saha wilujêng, sampun ngantos wontên tindak ingkang botên apsah, upaminipun mêjahi (nyuda utawi amêwahi mripating timbangan, takêran sarta ukuran wau, awit makatên punika kalêbêt ngapusi. Nanging wontên ugi anggènipun gadhah tindak botên lêrês wau amargi saking gèsèhing ukuran, boroting takêran, utawi risaking timbangan ingkang dipun angge. Dados niyatipun botên badhe atindak botên lêrês, ewadene inggih mêksa dhawah botên cocog, nyêbal saking waton utawi anggèsèhi pêpathokan. Badhe kasambêtan.

Nirrasa. Kêpanjèn - Malang.

--- 1039 ---

Wawasan Nagari Mônca

Wahyu Karaton ingkang Lulut

Sambêtipun Kajawèn nomêr 64.

Ing Kajawèn nomêr 63 tuwin 64 sampun ngandharakên ing bab wahyu karaton piridan saking Jawi tuwin Turki, ing sapunika gêntos nyariyosakên lêlampahaning nata Rumêni ingkang jumênêng sapunika, ing ngriki mawi kadekekan wêwarah:

Katrêsnaning biyung, antêping jêjodhoan, tuwin sêtyaning kawula.

Têtêmbungan katrêsnaning biyung, sintêna kemawon tamtu mangrêtos dhatêng lèrèging kajêngipun, tuwin sabên tiyang inggih ngrumaosi, lan sanadyan botên langgêng, nanging sampun nate ngraosakên dipun trêsnani ing biyung, awit saupami botên makatên, mokal saupami tiyang agêngipun botên lantaran dipun trêsnani ing biyung.

Ingkang dipun wastani katrêsnaning biyung ingkang langgêng, punika kajêngipun langgêng anggèning nênggani anak. Dados tanpa manggih sabab, dene mênggah langgênging katrêsnanipun punika tansah pinanggih nyatanipun. Wontên ugi biyung ingkang botên trêsna dhatêng anak, nanging sanadyan wontêna, inggih kalêbêt lôngka.

Katrêsnaning biyung dhatêng anak wau, manawi dipun patèni, wiwit ingkang nama tiyang alit, dumuginipun ratu pisan, raosipun inggih sami kemawon. Nanging mênggahing anak, asring ngosok-wangsul botên animbangi dhatêng katrêsnaning biyung.

Tumrap ing cêcariyosan kina, botên kirang biyung ingkang labuh ing anak, ingkang wosipun supados anakipun sagêd manggih kamulyan. Mênggah agêng aliting lêlampahan tumraping para agêng kalihan tiyang alit inggih sami kemawon, nanging tumraping para agêng, punapa malih ratu, punika lajêng dados cariyos.

Sêsorah ing nginggil punika kenging kangge ambukani cariyos ingkang badhe kapratelakakên ing ngandhap punika, inggih punika lêlampahanipun narendra ing Rumêni sapunika.

Nata Rumêni ingkang jumênêng sapunika, asmanipun Carol II. Sang nata wau anggèning jumênêng nata sanadyan sampun wajib tuwin lêrêsipun, nanging ugi mêngku cêcariyosan muyêk, malah tumraping nagari Rumêni, kintên-kintên dipun cathêt dados babading praja.

Ing sapunika sang nata wau yuswa tigang dasa pitu taun. Kacariyos nalika taksih jumênêng pangeran adipati anom, krama kalihan wanita sanès darahing luhur nama Cecilia Lambrino. Krama ingkang kados makatên wau, ingatasing praja nama botên prayogi sangêt, awit mênggahing calon pramèswari ingkang badhe dados sêkaring pura tuwin dados sêsêmbahanipun tiyang sanagari, botên pantês manawi saking asli alit. Ingkang kados makatên wau botên namung kandhêg ing ucap kemawon, malah ugi anêmahi botên damêl marêming manahipun para kawula, wusana sagêd nuwuhakên kawontênan ingkang botên prayogi.

--- 1040 ---

Lêlampahan ingkang andadosakên botên prayogi, inggih namung tansah damêl rubeda, ewadene tumrap ingkang nyarirani, dados sang pangeran piyambak, inggih sakeca kemawon. Nanging tumrap ingkang ibu, adhuh, risaking panggalihipun botên kadosa. Rintên dalu namung tansah mêmuji, mugi sang pangeran èngêta, awit mênggahing èngêtipun sang pangeran, atêgês rahayuning nagari. Samantên tuwuhipun katrêsnaning biyung.

Nanging mênggahing sang pangeran, malah ngandika: Satêmêne drajating kapangerananku, iya sanadyan dadia ratu pisan, mungguh marême mênyang ati, durung paja-paja ngiribi kaya anggonku anggarwa Cecilia. Bobote praja Rumêni isih anjomplang, yèn tak timbang karo bobote pêpujanku. Sasampunipun ngandika makatên, sang pangeran malah nyèlèhakên kasatriyanipun, tur sampun dipun galih lêrês, nanging tamtunipun inggih tumrap lêrêsipun sang pangeran piyambak, yèn ta kawêdala pangandikanipun: ura-uruning praja iku têtela aku kang anggawe, dadi sirêpe iya kudu saka aku, nanging saupama sirêpe mau kudu nganggo disaranani nguwalake intên jumêrutku, adhuh, iba rêkasane pikirku, harak luwung ambuwang kawibawan bae. Tur pakolèhe iya padha, wose kawula kene banjur têntrêm. Sasampunipun makatên, sang pangeran inggih lajêng sèlèh kapangerananipun sayêktos. Samantên anggènipun sang pangeran ngantêpi garwa. (Badhe kasambêtan)

[Grafik]

Gambar nginggil punika kawontênanipun têtiyang èstri bôngsa Pèrsi saha anak-anakipun ingkang sawêg sami kasuntik.

--- 1041 ---

Rêmbagipun Garèng lan Sêmar

Bab Imigrasi

(Sambêtipun Kajawèn nomêr 64).

Garèng: Wis, ma, mara tumuli ngandikakna mungguh rugi lan kauntungane wong-wong Jawa padha pindhah nyang sabrang kuwi. Nèk panêmuku, ma, wong Jawa pindhah nyang liya panggonan kuwi, kok malah akèh rugine katimbang kauntungane. Jajal saiki tak aranane saka siji karugiane mau. Kang kapisan: adat tatacarane sok banjur malih. Tandhane wong-wong Jawa sing nang Batawi bae, kuwi akèh sing tatacarane dhewe jarene wis lali, sabanjure nuli nganggo tatacarane wong Buda. Upamane bae mangkene: lumrahe wong Jawa kuwi, apa manèh yèn isih nom, liwat ing ngrêsane priyayi sêpuh, kuwi kajaba muni: kula nuwun, utawa yèn andhap asor bangêt, ya muni: ngapuntên dalêm sèwu, iya disaranani nganggo mundhuk-mundhuk, utawa laku dhodhok, nanging sarèhning wis kêsuwèn nyang paran, ora ngêmungake ora muni kula nuwun kula nuwun, utawa tanpa nganggo mêndhak-mêndhak, ning ungglang-ungglung ngadêg bae, nanging le mlaku-mlaku malah sinambi nganggo singsat-singsot.

[Grafik]

Sêmar: Wiyah, nèk kaya ngono omongmu rak kêladuk kuwi jênêngane. Yèn wong kêlawasên ana ing paran, banjur owah adat tatacarane, kuwi iya pancèn mèmpêr, nanging nèk banjur ilang babarpisan kayadene unimu mau, hla kuwi arane rak: têrlalu. Anggone tak unèkake mèmpêr, yèn adat tatacarane banjur owah, awit nang paran wis ora pati kulina migunakake tatacarane dhewe, jalaran saka kêkumpulane karo bôngsa-bôngsa sing ora ngênggoni adat tatacara sing mêngkono mau, wis mêsthi ta yèn wusanane, mênyang tatacarane dhewe banjur kaku. Nèk laku dhodhok, wis ora luwês, pêkungkungan kaya wong andingkik jangkrik, anggone nyêmbah, carane sausap karo: sojah kuwi, apa manèh yèn kudu lungguh sila, iya kalakon mêngkungkung kaya lumpang mêngkurêp têmênan. Lo, kuwi kabèh jalarane ora liya, iya sabab saka kurang kulinane, mulane kowe aja maido.

--- 1042 ---

Garèng: Iya wis aku nrima, saiki karugian kang ôngka loro. Wong Jawa sing wis rada suwe nang mônca, basane ora karu-karuwan, banjur campur adhuk kaya sênenjong. Arêp muni: ora wêruh bae, diêlih: êndhak wêruh. Arêp ambasakake: aku arêp manggon ana ing kene, jêbul: kula badhe tilar wontên ing ngriku, dumèh: manggon, cara Mlayune: tinggal, banjur dikramakake: tilar, mèh bae wong sing ngomong mêngkono mau, tak wêlingake: trêbêla lan mori saêmblog. Dalasan ambasakake petungan bae, ana sing kêladuk Malayu, kaya ta: sêlawe, dikramakake: kalih dasa gangsal.

Sêmar: bab kiyi iya ora kêna dipaido, awit ana ing tanah mônca prasasat wis ora tau migunakake basa Jawa, mulane basane Jawa iya banjur campur ora karuwan mêngkono. Wis lumrah ta, ing bab apa bae, yèn banjur ora dikulinakake manèh, suwe-suwene iya bisa kalakon lali têmênan, tandhane aku kiyi, jalaran saka anggonku ora ngulinakake manèh, yèn mangan, sanadyana wis kalêbon kênthang rong kati, yèn durung dilambari sêga rong piring, rasane wêtênge iya isih ampang bae.

Garèng: Wayah, rama kiyi biyèn apa pancèn kulina dhahar kênthang, kathik kaya sing dilairake ing Amsêtêrdham bae. Ora, ma, cêkakane rak iya bênêr, ta, kaya aturku ing ngarêp mau, ya kuwi: owah dat tatacarane lan owah basane.

Sêmar: Kuwi pancèn iya bênêr, yèn pindhahane mung wong saêlêr, utawa rong êlêr. Nanging sing dikarêpake ing kene kiyi, imigrasi gêdhèn-gêdhènan, dadi iya ora mung wong puluh-puluhan, nanging iya wong atusan, sokur bagi bisa nganti ewon, kayadene sing wis kalakon, ana ing Gêdhongtatakan ing tanah Lampung. Hla, kuwi yèn kowe ana ing kono, ora bakal nyana lan ngimpi, yèn ana ing tanah sabrang. Iya uwonge, adat tatacarane, panganggone, anggone omong-omongan, dalasan le mangkur utawa nyinom pisan, iya Jawa tus, Jawa tulèn, Jawa jêkèk, Jawa totok ...

Garèng: Nèk rumasaku, ma, sing diarani totok kuwi bôngsa Walônda, dudu bangsane dhewe kiyi. Mungguh karêpe têmbung: totok, kuwi kiraku saka: thok thok. Têmbung kiyi mêsthine rama rak iya ngrêtos, padhane yèn rama mêntas kalah main, kuwi dukamu sok promosi, jalaran wis kalah, ngêlih, barêng arêp dhahar jêbul lawuhe lagi padha pêrlop kabèh, dadi anane mung sêga: thok, thok. Dadi têgêse sêga thok kuwi, maligi mung sêga bae, ora ana campurane: jangan bobor, utawa blêkothok lombok, lan liya-liyane. Mêngkono uga Walônda: thok-thok, sing kêlanture dadi: Lônda totok, kuwi karêpe iya Walônda sing ora kacampuran abang, irêng, kuning, nanging sing jan Walônda grès kae. Lo, kuwi mungguh panêmuku.

Sêmar: E, kok rada beda karo panêmuku.

--- 1043 ---

Totok, saka: thok thok, kuwi aku rujuk. Nanging panêmuku: thok thok, kuwi unining lakune wong nganggo sêpatu. Ing sarèhning bôngsa Walônda kuwi nganggo sêpatu ...

Garèng: Dadi sarèhning rama kuwi ngagêm sêpatu, anggêpe iya Walônda. Sanadyana panjênêngane rama ngagêm sêpatu, tindake rak ora: thok, thok, nanging: kêthoplak, kêthoplak. Wis, wis, ma, saiki aku arêp nyuwun priksa manèh mênyang rama. Nèk mungguhe panêmuku, sanadyan imigrasi kuwi digêdhèkake pisan, têgêse: pindhahane wong-wong Jawa bisa mak byêng, atusan babarpisan, ewadene iya mêksa ana sing ora ngêpenakake, yaiku: bakal akèh wong sing royal-royal, lan bakale iya akèh bocah jadah.

Sêmar: Lo, lo, lo, kok banjur nyandhak sing ora gênah mêngkono, imigrasi ora niyat arêp ngêjokake karoyalan, têgêse: ora nêdya nglelangi wong wadon kang laku ala.

Garèng: Lo, ora mangkono mungguh karêpku, ma, anggonku matur ngundhakake wong-wong sing royal utawa bocah jadah, kuwi mangkene:

Lumrahe wong gêlêm pindhah sabrang kuwi rak wong lumrah-lumrah bae, arang ta yèn bangsaning: pêngulu, kêtib, modin, kaum, lan sapanunggalane, kon gêlêm mèlu pindhah nyang tanah sabrang. Hla, saiki sanadyana wong kontrakan pisan, rak iya ana kalamangsane kêpengin lakirabi. Ing sarèhning panggonane anyar mau, ora ana wong-wonge sing dipatah dikon ngijabake bakal pangantèn, apa wong-wonge mau, banjur salawas-lawase dikon dhudhuk pre bae, lan iki apa ora banjur ngakèh-akèhi bocah-bocah anak jadah.

Sêmar: Kandhamu kiyi pancèn iya bênêr bangêt, nanging pracayaa nyang aku, Garèng, yèn ingkang kuwasa mêsthi bakal nganakake kêkurangan sing kaya unimu mau. Mulane iya kudu sing sabar dhisik. Nanging rêmbugane saiki padha dilèrèni dhisik, liya dina padha dibanjurake manèh.

[Grafik]

Gajah-gajah ingkang sami gambira ing manah, kalanipun mêdal saking kandhang, sami kapurih lêlumban ing toya.

--- 1044 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah

Tiyang minggah kaji kacêpêng.

Kawartosakên saking Mêkah, bilih Tuwan Dhatuk Putih, tilas kapala dhistrik ing Solok tuwin kulawarganipun, ingkang sami nuju wontên ing Mêkah, dipun cêpêng atas saking dhawuhipun Nata Ijas. Mênggah jalaranipun, Tuwan Dhatuk Putih wau dados warganing ebah-ebahan Amadiyah ing Sumatra Kilèn.

Ulam pindhang mawa racun.

Ing Bojonglowah Bandhung wontên tiyang sade ulam pindhang dipun sêrêg ing pulisi, jalaran sade ulam pindhang sampun awon, andadosakên kathah tiyang sakit ingkang dipun upakara ing griya sakit, tuwin mirid papriksaning dhoktêr inggih jalaran saking ulam wau.

Rêdi Krakatao.

Kawontênanipun rêdi Krakatao tansah mindhak-mindhak, sumêbaring awu ngantos adamêl ribêd. Jêblosan pinanggih kaping 551 ing dalêm sadalu. Ingkang kaping 44 inggilipun langkung 500 mètêr, ingkang inggil piyambak 750 mètêr. Puncratan latu rambah-rambah. Inggiling anakan pulo Krakatao sampun 50 mètêr.

Tèlêgram wontên ing sêpur.

Kawartosakên, wiwit benjing tanggal 1 Sèptèmbêr, sêpur nomêr 1.2.3. tuwin 4 ing tanah Jawi, ingkang sêtatsiunipun sakawit Wèltêprèdhên, Bandhung tuwin Surabaya, têtiyang ingkang sami numpak sagêd kintun tèlêgram partikêlir lumantar kantor pos, lajêng kapasrahakên dhatêng pangagêng rèsturan, watêsaning têtêmbungan 8 têmbung, waragadipun kapetang sami f 1.45. pangagênging rèsturan mangke ingkang badhe masrahakên dhatêng sêtatsiun ingkang badhe dipun kèndêli ngajêngipun.

Konggrès P.P.B.B.

Pakêmpalaning para priyantun pangrèh praja pribumi, mêntas damêl parêpatan wontên ing Surakarta, manggèn ing kapatihan Mangkunagaran, kathah ingkang sami angrawuhi, wêwakil gupêrnur Surakarta, Residhèn Letterie, Asistèn Residhèn Abbenhuis, Kangjêng Pangeran Arya Mataram, minôngka sêsulih dalêm Ingkang Sinuhun ing Surakarta. Pangarsa, ingkang bupati ing Bandhung mêdhar sabda ing bab tumindak damêl sêsarêngan, ingatasing pakêmpalan wau, salajêngipun nyariyosakên ing bab tumindaking pakurmatan tuwin sanès-sanèsipun. Pakêmpalan wau ing sapunika gadhah warga 3800, cacah 53 apdhèling. Ing pangajêng-ajêng, benjing taun 1931 sagêda nyambut damêl sêsarêngan kalihan pakêmpalaning para bupati.

Malariah ing Cieyah.

Wontên pawartos bilih ing bawah Cieyah, sawetan Cianjur, kathah sangêt tiyang ingkang katrajang sêsakit malariah. Tumraping lare kathah ingkang tiwas.

Pasiraman jaman kina.

Ing taun kapêngkêr Oudheidkundige Dienst manggihakên tilas pasiraman ing jaman kina wontên sacêlakipun haltê Singasari, papan pasiraman wau lajêng karan nama: Watugêdhe. Nalika papan wau dipun dhudhuk cêtha awujud pasiraman, wontên balumbangipun, panjangipun 30 mètêr, wiyaripun 8 mètêr. Ing pasiraman wau kaperang kalih, lêbêt kalihan cèthèk. Ingkang ing perangan cèthèk mêdal tukipun santêr, lajêng dipun talang-talang lajêng wutah ingkang inggilipun 2½ mètêr. Toyanipun bêning sangêt. Patilasan wau kenging kangge ancêr-ancêr, bilih ing ngriku punika ing jamanipun kina wontên karatonipun. Ing sapunika pasiraman wau kangge padusanipun têtiyang kanan kering ngriku. Malah kawartosakên, bilih wontên usul dhatêng parentah, supados pasiraman wau dipun mulyakakên.

Iksamên ing nagari Walandi.

Kawartosakên, Kangjêng Pangeran Arya Adinagara, putra dalêm ingkang sinuhun ing Surakarta, lulus kandhidhat iksamên Bouwkundig ingenieur ing Delft nagari Walandi.

Pandamêlipun gêdhong kabangsan ing Surabaya.

Wiwit panggarapipun gêdhong kabangsan ing Butulan, Surabaya, katingal rame sangêt, saya manawi nuju dintên Minggu, têtiyang ingkang dhatêng ing ngriku punika sami dana bau. Sadaya padamêlan ing ngriku sami dipun tandangi kanthi lêganing manah. Dr. Sutama tuwin Ir. Anwari tansah katingal wontên ing papan ngriku. makatên ugi dhatênging têtêdhan anggili tanpa kêndhat, saking dananing tiyang kathah, prêlu kangge nyugata dhatêng têtiyang ingkang sami nyambut damêl.

Sanatorium Minahasah.

Wontên pawartos opisil, bilih pangagênging pakaryan kasarasan, kaparingan panguwaos tumbas siti kangge ngêdêgakên sanatorium tiyang ingkang katrajang sakit paru ing bawah Minahasah. Jêmbaring pasitèn wau 45.000 mètêr pasagi, wontên ing Langohan, rêgi f 5061.42. Bab punika dados têtanggêlanipun Minahasah komite ing nagari Walandi, ingkang nyadhiyani arta dhatêng parentah Indhonesiah kangge prêlu wau.

--- 1045 ---

Badhe papriksanipun Ir. Sukarna.

Bab prakawisipun Ir. Sukarna, Tuwan Gathot Mangkupraja, Maskun tuwin Supriyadinata, benjing tanggal 18 wulan punika badhe kapriksa ing pangadilan landrad ing Bandhung. Ingkang badhe ngêmbani prakawis Mr. Suyudi, saking Ngayogya, Mr. Sartana, saking Batawi Mr. Sastra Mulyana saking Têgal, tuwin Radèn Idhiprawiradiputra Rechtskundige ing Garut.

Wiwit tanggal 4 Agustus, para ingkang badhe ngêmbani kaparêngakên mariksa sêrat-sêrat praboting prakawis, laminipun 14 dintên, tuwin kaparêngakên sabên dintên mariksa para dakwa dhatêng pakunjaran. Saksi-saksi ingkang badhe kapriksa wontên 113, sagêd ugi badhe langkung samantên.

Asiah.

Kangge nyakecakakên tumindaking rêmbag.

Alahabad, 5 Agustus (Aneta-Nipa). Raja mudha andhawuhakên pindhahipun panuntun Indhia konggrès Pandit Moti Lal Nehru tuwin anakipun Jawahar Lal Nehru, ingkang dipun kunjara wontên ing Poona, panggenan panahanipun Sang Gandhi. Prêlunipun supados anggampilakên tumindaking padhamèn.

Ura-uru.

Bombai 5 Agustus (Aneta-Nipa-Radio). Salêbêtipun golongan konggrès damêl arak-arakan wontên ing Sholapur, wontên tiyang 5000 malêbêt ing toko-toko. Ingkang gadhah toko sami kapurih nutup tokonipun. Pulisi lajêng dhatêng anêngahi, wontên tiyang ingkang nandhang tatu 15, kathah ingkang dipun cêpêng.

Wadya parentah sagêd ngêbroki Sangsa malih.

Nanking 5 Agustus (Aneta-Nipa). Kawartosakên, bilih wadya parentah sampun sagêd malêbêt kitha Sangsa ing wanci enjing.

Tindaking kaum Komunis.

Pèiping 5 Agustus (Aneta-Nipa). Kawartosakên, Komunis golongan tiyang awon nawan Nonah Nettleton tuwin Harrison. Darijinipun Nonah Nettleton dipun kêthok saha kakintunakên dhatêng pangagêng nagari kanthi gadhah panêdha têbusan 50.000 dholar. Manawi sampun dipun têbus, nonah kêkalih wau badhe dipun luwari.

Tilas nata Afghanistan wangsul dhatêng Rome.

Sêtambul 7 Agustus (Aneta-Nipa). Tilas nata Amanoellah ingkang nuju langkung kalihan kulawarganipun wontên ing Villa Therapis, ing kalanipun môngsa bêntèr, dipun lilani lêrêm dening parentah Turki, nanging lajêng enggal-enggal wangsul dhatêng Rome. Anggènipun kasêsa wau kakintên jalaran saking wontênipun ebah-ebahan ing Afghanistan.

Eropah.

Angin agêng.

Genève 5 Agustus (Aneta-Nipa-Radio). Ing Genève wontên lesus anggêgirisi, kanthi mêndhung andhêdhêt, ngantos salêbêtipun jam, lajêng lumampah dhatêng tanah Prancis, ngantos adamêl kapitunan 2 yuta prang. Margi-margi sami kalêban toya, ngantos angandhêgakên lampah.

Nagari Walandi.

Cobèn-cobèn ngawontênakên jawah.

Scheveningen 7 Agustus (Aneta-Nipa). Ing bab anggènipun Tuwan Veraart nindakakên cobèn-cobèn ngawontênakên jawah, dipun jênêngi ing tiyang ewon. Tumindaking damêl sarana ngangge mêsin mabur 3 anggêgana, dipun awat-awati mêsin mabur sanèsipun kêkalih. Kathah mega-mega ingkang dipun sawati ès ngantos 3000 kilo. Têtiyang sami ngraosakên angin asrêp, nanging mega-meganipun têrus lumampah. Botên andhawah, kala-kala soroting srêngenge katingal. Miturut katranganipun Tuwan Veraart, dayaning ès sagêd ngambyarakên mêga, soroting srêngenge adamêl tètèsing toya, nanging têlas sadèrèngipun dumugi ing siti. Bab punika badhe dipun ambali malih ing wanci sontên, awit kakintên, bilih ing wanci dalu langkung prayogi kangge ngawontênakên jawah.

Pawartos saking Administrasi.

Lêngganan nomêr 3989 ing Kabangsan, rêgining prangko katanggêl dening Bale Pustaka. Dados panjênêngan kantun nampi ing dalêm.

Lêngganan nomêr 3627 ing Singaraja. Kajawèn ingkang dèrèng katampi dening ingkang putra (K. no. 3771) sampun kakintun.

Lêngganan nomêr 2936 ing Majênang. f 3.- sampun katampi. Nuwun.

Lêngganan nomêr 1627 ing Mênadhu. f 3.- sampun katampi. Nuwun.

Lêngganan nomêr 4820 ing Glènmore. f 3.- sampun katampi. Nuwun.

Lêngganan nomêr 2360 ing Purwakêrta. Saupami taksiha, tamtu kula caosi. Nanging sampun têlas.

Lêngganan nomêr 1663 ing Kuthaarja. Manawi wontên Kajawèn ingkang dèrèng katampi, kula aturi enggal paring papriksa nomêripun. Ngalamat samangke sampun kalêrêsakên. Arjuna Sasrabahu ingkang sampun mêdal sawêg jilid 1, rêgi f 0.40.

Lêngganan nomêr 4032 ing Kêbon Agung (Mlathi), wiwit nomêr 65 Kajawèn kula kintun ngangge kêndhit mrapat, manawi taksih dipun ganggu malih kula aturi paring papriksa. Nomêr pintên ingkang dèrèng katampi.

Lêngganan nomêr 2981 ing Têgalgônda. Sababipun botên sanès kajawi: binegal ing margi. Makatên ugi lampahing Kajawèn ingkang tumrap sadhèrèk ab. no. 4082 ing nginggil punika.

--- 1046 ---

Wêwaosan

Sêrat Ramayana.

6.

[Kinanthi]

sanadyan ing praja umyung / atanapi jroning puri / janma samya suka-suka / ananging Dèwi Kekèyi / mung tansah arawat waspa / sêmu kalangkung prihatin //

ing purwa mung mèt pamatut / anut iyêging sasami / ananging wêkasanira / ing tyas saya katêtangi / ketang saking tan narima / mring kaparênging narpati //

tuwuhing tyas kang kumutug / tan pae raosing gêni / tan pisan kêni pinênggak / malah kawuryan andadi / ing sêmu kongsi katara / lamun kabaranang runtik //

tan kêndhat antuk pangimur / dening pra parêkan cèthi / ananging tan pisan mêndha / malah wontên kang pêpeling / yèku pawongan kang sêtya / wêdharing wacana aris //

dhuh gusti nataning wadu / ywa pisan kaduk ing tampi / awit wus salêrêsira / kaparêngirèng narpati / lan kados wus karsèng dewa / têtêp datan kenging gingsir //

ing têmbe paduka tamtu / wus pinasthi badhe nyèthi / mring pramèswari Kosalya / garwa kang sêpuh pribadi / benjang-enjang kalampahan / dadya ibuning narpati //

mung sang putri drênging kayun / datan pisan-pisan kêndhih / malah têtêp ing samangkya / kasantosanirèng galih / arsa adarbe paminta / maring sri nata tumuli //

yèn samangkya putranipun / yèku Barata mrih bangkit / pinilih jumênêng nata / lan malih sang Rama mugi / dèn singkirna saking praja / ywa kongsi dadya kalilip //

gêlarira sang dyah ayu / dènnya mèt upaya sandi / nulya minggah mring pamujan / anggung tawan-tawan tangis / sêsambat lir calapita / angadhuh sêsambat mati //

busana sirna rinacut / binucal sumêbar siti / amarêngi duk samana / sri nata arsa pinanggih / mring sang dèwi awêwarta / adêging narendra siwi //

dupi sri narendra ngrungu / sêsambatira sang dèwi / nulya rawuh ing pamujan / kanthi trênyuhing panggalih / tumuli alon anyapa / apa ta mulane iki //

umindêla sira masku / sira aywa tawan tangis / paran ta darunanira / sira sajarwaa yêkti / yèn sira darbe paminta / yêkti ingsun pituruti //

satuhuning ucap ingsun / môngka prasêtya sayêkti / ingsun mung sarwa kaduga / lamun bangkit nambadani / sira ywa karasa-rasa / yogya larutên tumuli //

jatine sabda puniku / mung môngka ngarêm-arêmi / mrih sang putri ywa karuna / aran mung ngimur-imuri / nanging risang pramèswara / dahat dènnya anggêgêgi //

pramèswari nulya matur / ing sêmu kaworan tangis / kawula nuwun sri nata / kawula amung ngèngêti / kados dhêdhawuh paduka / gêganjaran kalih warni //

duk nata gêrah rumuhun / kawula rumêksèng gusti / ngantos dumugi waluya / paduka aparing janji / arsa aparing ganjaran / ing samangkya ulun mosik //

punapa nata kalimput / arsa anyidrani janji / sampun kongsi mèh sawarsa / sapunika mugi-mugi / sri nata angèngêtana / nuntên dhawuha tumuli //

sri nata karasèng kalbu / tumuli ngandika ririh / ingsun datan pisan cidra / lah mara matura yayi / ingsun yêkti nêkanana / sira ywa samar ing ati //

sawusira antuk dhawuh / anênggih Dèwi Kekèyi / rumasa antuk jalaran / dènnya darbe tindak sisip / wêdharing kang pangandika / lir linuding guna dhêsthi //

dene kang kawula suwun / kang kapisan mugi-mugi / sinuhun marêngna ngangkat / Barata jumênêng aji / mêngkoni praja Ayodya / sampun wontên kang nisihi //

dene kaping kalihipun / mugi sri nata nglêgani / anyingkirakên pun Rama / kongsi kawan wêlas warsi / mêdala jawining praja / lir satataning têtaki //

yèku tatèng gêsangipun / kadi caraning maharsi / lah inggih amung punika / kang dahat ulun èngêti / yèn ta kongsi tan kalêgan / ulun tamtu nêmah pati //

riwusing matur sang ayu / nulya gumuling ing siti / dahat dènira karuna / lan sêsambat mêlasasih / sri narendra kongsi kewran / anggung ngêngimur sang putri //

pangimurira sang prabu / mangarah murih sang putri / ywa kadaut darbe karsa / mangkana sabdaniraji / dhuh-dhuh yayi umèngêta / ywa darbe tindak tan yukti //

jatine karsanirèku / tatanira nyulayani / nêrak pranataning praja / kang wus tumindak salami / yèn ta kongsi katêmahan / datan antuk ucap bêcik //

ngèlingana pra lêluhur / kang samya jumênêng aji / tumêrah kongsi samangkya / putranira kang gumanti / sayêkti putra kang tuwa / wus kaprah ing ngêndi-êndi //

yogya jabêlên aturmu / ywa kêncêng sira gondhèli / kalamun sira puguha / sira aran tan ngèlingi / iya marang jênêng ingwang / lan tan ngeman mring nagari //

dupi midhangêt sang ayu / saya sru dènira nangis / lan ing galih puguh dahat / akukuh lir arga wêsi / tan obah tinêmpuh barat / têtêp mung kêncêng ing galih //

sang prabu mêksa tan surut / anggung ngêngimur sang putri / kongsi saratri tan pêgat / sarèh dènnya ngandikani / ananging sang putri mêksa / puguhing galih tan kongkih //

têmah sri nata mung minggu / dening kawêkèn ing galih / sadalu tan antuk karya / dènira angarih-arih / lupa raosing sarira / satêmah kataman kingkin //

[Asmaradana]

duk ing gagat wanci enjing / swarèng dalu lir sinuwak / ginantyan ing pêksi rame / putêr munya sêsauran / ngumandhang nèng kadhatyan / kadya sasmita wèh wêruh / lamun wus cakêt raina //

upyêk sajêroning puri / wartanira wus warata / kalamun Sang Rama mangke / arsa jumênêng narendra / sumilih rama nata / swaraning jago kaluruk / araras suka pambagya // (Badhe kasambêtan)

--- [1047] ---

Ôngka 66, 20 Mulud Taun Jimawal 1861, 16 Agustus 1930, Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Laladan Nagari Ès

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun nagari ès (Ysland) ingkang dipun wastani pul. Jalaran taksih awis-awis dipun ambah ing tiyang, bêbujênganipun ing ngriku sami tutut-tutut.

--- 1048 ---

Raos Jawi

Urun Udhu Bab Ringgit

[Sinom]

rarasing gita sri nata / dènirarsa angudhoni / jaman kuna crita wayang / yaiku wasita Jawi / supaya amikani / arsa gayuh kawruh luhur / tata traping susila / sadaya wus anèng ringgit / larasira gathuk kawruh kasunyatan //

mungguh kawruh karawitan / kang kanggo ing tanah Jawi / manawa ayun sampurna / mumpuni saliring ngilmi / prayoga ajar ringgit / dadi dhalang wastanipun / kono gon kawruh pêpak / sasat sèsining rat iki / wus kacêkêl kacakup dening ki dhalang //

ana ujaring bêbasan / tan kewran dhalang angringgit / arêp jaluk lakon apa / masthi bisa mituruti / ora amadal sumbi / wus putus sakèhing ngilmu / ing Srat Sastramiruda / wêwatone wong angringgit / kudu bisa ing gêndhing ingkang sampurna //

kudu bisa pramasastra / dasanama jarwa Kawi / pramabasa mardiguna / wruh asal usuling ringgit / kang yasa jaman nguni / sambegana têgêsipun / kudu sarwa elingan / awicarita puniki / dadi dhalang iya kudu sugih crita //

wasitaning pra bijaksa / iya kudu anyênyambi / amarsudi kabatinan / tan gampang ngaku ngêngkoki / rungsiting rasa ngilmi / manawa iku kaliru / kalantur bawa kuma / nampi sikuning Hyang Widhi / marmanira ingaran gawat kaliwat //

anggagapi pralampita / kayon kayuning ngaurip / pinêtha kadi gunungan / kang pinanjêr têngah kêlir / ginambar amêpêki / las-alasan warninipun / sato kewan wanarga / wisma kalawan sujanmi / isining rat wus kalêbu nèng gunungan //

kayone binêdhol dhalang / cinêkêl pucuking ardi / nulya dèn ubêngkên sigra / kinarya anyasmitani / sagunging pra mirsani / aywa darbe ambêg punjul / adiguna ngaguna / kawruhana kang satiti / isining rat wus kacakup anèng dhalang //

kayon iku ingkang yasa / duk nguni Jêng Sunan Kali / kajaba dadi sasmita / yèn dhalang iku linuwih / têgêse wus mumpuni / sampurna ing uripipun / iya môngka pèngêtan / rampunge iyasa ringgit / kang sangkala gêni dadi sucining rat = 1443 //

dêbog kêlir blencong uga / iyasan Jêng Sunan Kali / dêbog raga wadhagira / pôncamaya iku kêlir / dhalange muntabakin / wayang pôncadriyanipun / balencong darusalam / alip muntaklimun wakit / iya iku sajatinira sing nanggap //

dene yèn Sèh Siti Jênar / sing nanggap iku Hyang Widhi / kang dadi dhalang pangrasa / wayang ngên-angêning janmi / blencong jiwaning urip / kêlire si napas nupus / anpas lawan tanapas / dêbog pandulune sami / lan pangrungu pangambu lawan pangucap //

yèn Kangjêng Pangeran Arya / Kusumadilaga swargi / dêbog wardine bantala / dhalang pramananing budi / sari pangrasa jati / kêlire si awang-uwung / wayange daryamaya / balenconge ênêng êning / pramananing sing eling iku sing nanggap //

dene lêlakoning wayang / mung gêrban kanggo jarwani / wiwit jêjêr nganti bubar / tumrap kaanan ing lair / lir

--- 1049 ---

lakuning ngaurip / tangi turu paminipun / tansah anglaras driya / kang prayoga dilakoni / kang mangkono kongsi tutug arsa nendra //

mung tumraping kabatinan / kang gawat kaluwih-luwih / dhêdhasar kawruhe jêmbar / asatiti ngati-ati / metani siji-siji / diurut lêlakonipun / wit lêlakoning wayang / nora masthi ngampat gaib / ana uga pasêmon lakuning jaman //

ana baku lakon kuna / linuri têkan saiki / ana mung amburu suka / ramening prang dèn sênêngi / sawêngi nora sêpi / kongsi sêpên rasanipun / wit kèh-kèhing manungsa / masthi bisa nganggit-anggit / mung kawruhe beda-beda ora padha //

tancêp kayon wus bubaran / wayang kêlir dikukuti / tinata mlêbu ing kothak / dêboge dibuwang kali / blenconge isih urip / pangarêpe tyas rahayu / wèh dipaning kanang rat / tutug lakone sawêngi / wayang bubar dhalang pamitan sing nanggap //

wasana sumanggèng karsa / sagunging para nupèksi / sajatine kang mangripta / maksih katunan ing budi / wus ngaku angêngkoki / mudha punggung tur balilu / mung kèlu ardèng driya / nênulad para winasis / wong karasa pangèsthinirèng Suksmana = 1861 //

Pak Jaya.

Pajawaran - Banjarnagara.

Kawruh Jawi

Kawruh Padhalangan

IV. Kawontênaning ringgit

(Warnining golongan)

Kados ingkang sampun kalêbêt ing pêpacak 12 bab ing ngajêng, dhalang kêdah sagêd ambedakakên suwaraning ringgit satunggal-satunggalipun. Dene pathokan pamêndhêting suwara punika kêdah ngèmpêr dhatêng wandaning ringgit, tuwin kêdah nyumêrêpi dhatêng wêwatêkanipun.

Ing ngriki nêrangakên rumiyin mênggah kawontênanipun ringgit salampahan, miturut wujud, kenging kaperang dados tigang golongan agêng, inggih punika:

1. Golongan wujud manungsa.
2. Golongan wujud kewan.
3. Golongan wujud barang (kalêbêt kayon).

Golongan ingkang wujud manungsa kaperang dados 5.

1. jawata
2. manungsa
3. wanara
4. dênawa
5. jim (brêkasakan sasaminipun)

Miturut wônda utawi wêwangunan, ringgit ingkang

--- 1050 ---

kalêbêt golongan wujud manungsa, kaperang malih dados 5.

Ha. Gagahan (upami Suyudana, Wrêkudara, Baladewa, wontên warni 4, 1. plêlêngan, 2. pêtèn, 3. kêdhêlèn, 4. kincêran.

Na. Katongan (upami Basudewa, Sêtyajit) wontên warni 4, 1. plêlêngan, 2. pêtèn, 3. kêdhêlèn, 4. kincêran.

Ca. Bambangan (upami: Ôngkawijaya, Wijanarka) wontên warni 2, 1. kêdhêlèn, 2. liyêpan.

Ra. Sêtrèn (èstrèn) wontên warni 5, 1. plêlêngan, 2. pêtèn, 3. kêdhêlèn, 4. kincêran, 5. liyêpan.

Ka. Bayèn wontên warni 5, 1. plêlêngan, 2. pêtèn, 3. kêdhêlèn, 4. kincêran, 5 liyêpan.

Suwaraning ringgit satunggal-satunggalipun (sawatawis wontên ingkang kasrapatakên dhatêng larasing gôngsa)

Suyudana, golongan plêlêngan. Suwara: kasrapatakên laras 6 agêng. Kêdaling suwara sarèh lan kêndho.

Sêngkuni, golongan pêtèn (gusèn) suwara: kasrapatakên laras jôngga. Kêdalipun sarèh, sèlèhipun pajêg.

Wrêkudara, golongan plêlêngan. Suwara kasrapatakên laras 6 agêng. Kêdalipun sêrêng lan antêp.

Gathutkaca, golongan plêlêngan. Suwara kasrapatakên laras barang. Kêdalipun sêrêng, dhawahipun antêp.

Janaka, liyêpan luruh. Suwara agêng luruh.

Puntadewa, liyêpan luruh. Suwara: luruh, botên patos agêng. Kêdalipun sarèh.

Ôntarêja, golongan plêlêngan. Suwaranipun kasrapatakên laras barang silir ragi alit, kêdalipun sêrêng, dhawahipun antêp.

Bomantaka, golongan plêlêngan. Suwaranipun kasrapatakên laras barang silir alit, kêdalipun ladak, dhawahipun pajêg. Badhe kasambêtan.

S. Purwawiyata. Wêlèri, K. 3018.

--- 1051 ---

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral Rawuh ing Bale Pustaka

Kala ing dintên Jumuwah tanggal 8 Agustus wanci jam 9 enjing, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral, kalihan putrinipun Freule de Graeff, paduka Tuwan Gerke, Algemeene Secretaris tuwin ajidan dalêm rawuh ing Bale Pustaka. Rawuh dalêm wau dipun tampèni dening paduka tuwan dhirèktur pangajaran Prof. Schrieke tuwin paduka tuwan up amtênar Bale Pustaka Dr. Drewes. Lajêng dipun dhèrèkakên ing Tuwan up amtênar mariksa golonganing padamêlan warni-warni, kados ta golongan redhaksi, administrasi, pasimpênan buku-buku, expeditie, pangêcapan tuwin sanès-sanèsipun. Rawuh dalêm wau dangunipun kintên-kintên 1 jam. Gambar punika, gambar dalêm nalika miyos saking kantor Bale Pustaka.

[Grafik]

Miturut pawartos, salêbêtipun wulan punika, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana badhe rawuh ing kantor-kantor ingkang wontên ing Batawi, kados ta: tanggal 11 rawuh ing bèngkèl S.S. ing Manggarai, 14 dhatêng Landsarchief, 16 dhatêng pamulangan luhur pangadilan, 18 dhatêng kantor pangêcapan gupêrmèn, tuwin tanggal kaping 20 dhatêng kantor panacah jiwa. Rawuh dalêm wau sami katamtokakên jam 9 enjing.

--- 1052 ---

Wawasan Nagari Mônca

Wahyu karaton ingkang lulut

Sambêtipun Kajawèn nomêr 65.

Sintên tiyangipun ingkang botên gawok dhatêng tekadipun sang pangeran wau. Nanging sayêktosipun bab makatên punika inggih botên kenging dipun gumuni, awit tekading tiyang punika beda-beda, lan malih sadaya punika rak namung nyawang.

Kacariyos pramèswari Maria, inggih punika ingkang ibu sang pangeran, nguningani tekadipun sang pangeran ingkang makatên punika sakalangkung trênyuh ing galih. Nanging sang pramèswari punika satunggiling putri ingkang lêpas ing budi, pintêr, botên kawêkèn angêmori tindak ebah-ebahaning praja, mila botên namung lajêng ngênês jalaran saking anggagas murang saraking putra, malah lajêng pados rekadaya murih sang pangeran sagêd uwal kalihan garwanipun wau. Kalampahan sang pangeran sagêd uwal yêktos kalihan garwanipun kinasih, malah botên namung uwal kemawon, ugi lajêng kondur dhatêng praja, saha sang pramèswari sagêd anjumênêngakên pangeran adipati anom malih.

Sang pramèswari botên marêm samantên kemawon, sang pangeran lajêng kakramakakên putri darahing ngaluhur, nama putri Helena putrinipun nata Yunani, inggih punika kala ing taun 1921, saha sarêng ing taun 1927 kagungan putra satunggal miyos kakung, kaparingan nama Pangeran Michael.

Manawi mirid ing nalar, sang pangeran kados inggih sampun marêm ing galih, dening sampun krama angsal putraning nata, wah sampun pêputra, makatên malih sampun wangsul kaluhuranipun lami. Nanging ing paribasan wontên têtêmbungan: ciri wanci, inggih punika tumrap lêlampahanipun sang pangeran kala samantên, awit sang pangeran lajêng tuwuh panggalihanipun ingkang botên lêrês malih, lêga lila anilar kapangeran patènipun, prêlu ngantêpi anggènipun wanuh kalihan Nyonyah Lupescu. Lampahan punika anjalari pêpisahanipun sang pangeran kalihan garwa putra.

Kados saking sampun tuman, sang pangeran sabên kataman godha ingkang kados makatên punika pêpindhanipun kados kalêbêt ing pangalapan, supe ing purwa duksina, malah ing nalika punika lajêng sumingkir dhatêng Paris, nanging sumingkiripun wau mênggahing nalar botên kok jalaran saking lingsêm kalihan kawula ing Rumêni, nanging pancèn prêlu badhe pados kasênêngan, nguja mungkaring panggalih, nyatanipun dene sarêng wontên ing Paris lajêng botên ngêmungakên Nyonyah Lupescu kemawon, ugi lajêng wanuh kalihan wanita sanès. Môngka ing Paris punika sampun misuwur panggenan kasênêngan, sampun tamtu kemawon sang pangeran lajêng kalêbêt dhatêng jaman sasar.

Sapêngkêripun Pangeran Carol, putri Helena sakalangkung nalôngsa ing galih, tujunipun sang putri kagungan pamarêm nyandhing putra, ingkang warninipun sakalangkung andêmênakakên, lan kêpêksa manggèn wontên ing kadhaton Rumêni, kêbêkta saking putra wau kagungan pancêr karaton. Sanadyan sang putri [pu...]

--- 1053 ---

[...tri] ing batos sakalangkung risak saking angèngêti raka, nanging kêpêksa namung kakandhut kemawon.

Kacariyos Prabu Ferdinand, inggih punika ingkang rama Sang Pangeran Carol, tansah gêrahên kemawon, wusana seda. Ngantos sadumugining seda wau sampun botên wontên ucap ing bab Pangeran Carol, dene ingkang sumilih kaprabon, wayah nata Pangeran Michael, ingkang kala samantên taksih yuswa 6 taun, lan sarèhning dèrèng yuswa, ing bab tumindaking pangasta praja taksih dipun wakili, atas asmanipun sang prabu anèm.

Sayêktosipun mênggah lêlampahaning manungsa punika botên têtêp, cocog kados raosing pikiran, sakêdhap-sakêdhap santun, dados saupami supe, inggih wontên èngêtipun. Makatên ugi Pangeran Carol ingkang sawêg kalêlêp wontên ing pangalapan, dangu-dangu inggih èngêt badhe kondur amangsuli kaluhuranipun ingkang sampun katilar lami. Sêdyanipun kondur dhatêng praja badhe nitih mêsin mabur karajan Inggris, nanging lajêng dipun pambêngi, jalaran karajan Inggris sawêg gêgayutan rêmbag kalihan praja Rumêni. Sang pangeran nyandèkakên sêdyanipun, lajêng lêrêm wontên ing parêdèn ing tanah Bèlgi.

Pramèswari nata suwargi, botên kêndhat tansah ngudi murih konduring putra, nanging kadamêl rêmit sangêt.

Sayêktosipun kala rumiyin têtiyang Rumini mèh sadaya botên mathuk kalihan sang pangeran, jalaran saking awoning kalakuan. Nanging kala samantên ing praja Rumini wontên gêgolongan warni kalih, ingkang satunggal golongan kabangsan, punika nayogyani konduripun Pangeran Carol II dene satunggalipun golongan libêral, botên anyondhongi konduripun sang pangeran. Mênggahing sababipun golongan libêral botên anyondhongi konduripun sang pangeran, jalaran sang pangeran botên mathuk kalihan golongan wau, awit ancasing golongan wau namung badhe ngagêngakên golongan tiyang bôndha-bandhu.

Saking gêmpunging panggalihipun sang pramèswari Maria, ngantos anggolong kalihan golongan ingkang botên rêmên sang pangeran. Nanging inggih punika, mênggahing tiyang sêpuh dhatêng anak, bêbasanipun tegaa larane, ora tega patine. Mila sang pramèswari inggih kêpêksa manggihi putra, nanging tindakipun nyalamur, tuwin ngandikakakên, sang pramèswari inggih badhe nyondhongi dhatêng konduripun sang pangeran, samantên wau bilih sang pangeran kaparêng rukun kalihan putri Helena malih, awit putri Helena punika dipun trêsnani sangêt dening tiyang siti, dados sang pangeran manawi kapengin dipun suyudi ing kawula, inggih kêdah rukun kalihan putri Helena malih.

Anyarêngi kalamangsanipun badhe angsal pangapura, golongan ingkang nayogyani konduripun saya santosa saha lajêng sagêd gandhèng kalihan wadya praja, mila lajêng mênang daya.

Cêkakipun kalampahan sang pangeran sagêd kondur saha lajêng jumênêng nata, dene sang prabu timur kalorod dados pangeran adipati.

Kados makatên mênggah wujuding wahyu kraton ingkang taksih lulut, sanadyan kapalangana ing pakèwêd, inggih botên badhe oncat.

--- 1054 ---

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ing Surakarta sakalihan Gusti Kangjêng Ratu Êmas, nalika rawuh ing pamulanganipun têtiyang bisu ing Bandhung. Tuwan tuwin nyonyah ingkang wontên têngên dalêm punika, Tuwan Dr. Roelfsema tuwin nyonyahipun, pangagênging pamulangan wau. Gambar ing têngah alit, gambaripun paduka Sultan Trêngganu. Gambar ing kiwa têngên ngandhap, pasamuwan sèndhêng ing Dhepok.

--- 1055 ---

Jagading Sato Kewan

Lêmbu Bênggala

Sambêtipun Kajawèn nomêr 65.

Limrahipun tiyang ingkang anggadhuh, sanadyan sampun gadhah lêmbu ingkang kangge mangsulakên dhatêng parentah, nanging botên purun mangsulakên, namung narimah nganaki kemawon. Dene tirahanipun lêmbu jalêr kasade dhatêng parentah, saha parentah tamtu nampèni anggènipun nyade wau. Wontênipun gadhah tindak makatên, inggih jalaran angèngêti bilih anggèning anggadhuh wau tanpa watês laminipun.

Sarêng ing taun 1918 pambranahan lêmbu ing tanah Sumba sampun sagêd ngintunakên turunaning lêmbu bênggala wau dhatêng tanah Jawi, têgêsipun turunan ing ngriki, inggih lêmbu bênggala tulèn, namung kaot kabranahakên wontên ing tanah Sumba, lan bapa biyungipun botên ewah asipat lêmbu bênggala, mila turunipun inggih awujud lêmbu bênggala kemawon.

[Grafik]

Lêmbu kagiring minggah dhatêng baita.

Sarêng ing taun 1925 salajêngipun ngantos sapriki, sabên minggu sampun sagêd ngintunakên lêmbu bênggala 30 dumugi 60. Rêginipun lêmbu jalêr wontên ing Sumba f 55.- èstri f 45.- dados langkung mirah tinimbang lêmbu ing tanah Jawi. Nanging mênggahing waragadipun kathah, kados ta waragading kapal K.P.M. saking Sumba dumugi Têgal f 30.- nginggahakên dhatêng kapal ing Waingapu tuwin mandhapipun saking kapal wontên ing Têgal f 7.50, waragad wêdaling lêmbu saking papan panggenanipun f 5.-, sukêt kalihan ingkang jagi f 5.-, dados waragadipun kemawon sampun f 47.50. Mila manawi kangge lêmbu pragatan pêpetanganipun lajêng langkung awis, awit rêgining lêmbu pragatan limrahipun namung f 80.-

Mênggah cara-caraning ngangkatakên lêmbu wiwit saking Sumba ngantos dumugining Têgal makatên: sakawit lêmbu dipun giring ngantos rantap-rantap kathah, tiyang ingkang anggiring mawi numpak kapal, dados botên pakèwêd anggèning ngêtut rindhiking lampahipun lêmbu, beda sangêt kalihan tindakipun tiyang anggiring lêmbu ingkang namung dharat, limrahipun lampahing lêmbu rindhik sangêt

--- 1056 ---

kabêkta saking ngêtut lampahipun ingkang anggiring, awit saupami lampahing lêmbu rikat, tiyang ingkang ngêtut tamtu badhe rêkaos lampahipun. Môngka manawi tumrap ing Sumba, namung nyakajêng kemawon, malah kapara ngajak rikat. Tindaking tiyang anggiring rajakaya mawi numpak kapal wau, tumrapipun ing tanah Jawi dèrèng wontên, jalaran ing tanah Jawi botên wontên pambranahan ingkang kados makatên, lan malih mênggah têbaning pangumbaran inggih botên wontên ingkang kados ing tanah Sumba, mila ing tanah Sumba tiyang ingkang anggiring mawi kapal, punika tumrapipun manawi nuju wontên têbaning pangumbaran sagêd anyakajêng dhatêng sabaning lêmbu, sagêd ngoyak, sagêd ngalang-alangi, awit manawi botên makatên, badhe rêkaos sangêt tindakipun.

[Grafik]

Lêmbu ingkang kakèrèk saking baita, badhe kainggahakên dhatêng kapal api.

Lampahing lêmbu wau sadumugining pasisir lajêng dipun inggahakên ing baita, ingkang badhe kangge ambêkta dhatêng kapal agêng. Patrapipun anglêbêtakên dhatêng baita kadamêlakên uwot saking dharatan gathuk kalihan baita, uwot wau namung cêkap kangge langkung lêmbu satunggal, mawi aling-aling kiwa têngên, dados lêbêting lêmbu dhatêng baita gampil, lan botên mutawatosi. Salêbêtipun lêmbu kabêkta wontên ing kapal, limrah badanipun sok susut, amargi kabêkta saking salêbêtipun wontên ing kapal wau kirang kobèt papanipun.

Saking baita wau sadumugining kapal, inggahipun sarana dipun kèrèk, mangke andhapipun ugi makatên. Patrap pangèrèking kewan agêng kados makatên wau, tumrap tiyang ingkang dèrèng nate sumêrêp tamtu gumun, awit ingatasing kewan agêng makatên têka gampil kemawon, lajêng botên sagêd budi, inggih sanadyana budi inggih namung karoncalan sakêdhap, sasampunipun gumandhul lajêng botên sagêd punapa-punapa.

Amangsuli rêmbag ing bab waragading lampah sadaya wau, manawi dipun petang ingkang kathah piyambak waragading kapal, dados indhaking rêrêgèn lêmbu, ingkang kathah ingkang jalaran saking waragad wau.

Ingkang makatên punika tumraping K.P.M. kados pantês sangêt saupami purun ngandhapakên waragad wau, awit manawi têtêp kados makatên, tumraping lêmbu ingkang namung badhe kangge pragatan badhe

--- 1057 ---

botên sagêd tumindak wontên ing tanah Jawi, awit rêrêgènipun langkung awis tinimbang lêmbu pragatan sanèsipun. Limrahipun lêmbu pragatan rêginipun namung f 80.- môngka punika langkung saking f 100.-, dados tumraping jagal, badhe botên purun tumbas. Lan malih manawi ngèngêti agênging pigunanipun, saya malih manawi ngèngêti rekadayanipun nagari anggènipun ngawontênakên lêmbu wau, tindakipun namung pantês angsal pangalêmbana, ewadene tumraping sanès, ingkang pancènipun sagêd ambiyantu, ingkang tumônja dhatêng umum, upaminipun inggih K.P.M. wau, têka botên salaras kalihan tindakipun nagari, tandhanipun botên sagêd damêl kamayaraning waragad, ingkang pikantukipun badhe kadamêl sudaning rêrêgèn lêmbu. Ingkang punika kados sampun pantês sangêt manawi K.P.M. purun nyuda waragad wau, ngèngêtana bilih lêmbu wau dados kabêtahaning ngakathah.

Sêratipun Petruk dhatêng Garèng

Wiyos, aja pisan andadèkake mangkêlanging rêmpêlumu, Kang Garèng, dene anggonku kirim layang iki rada kasèp. Sababe ora ngapa, mung jalaran salawase ana ing Sala, aku kapêksa ngowahi pakulinanku sabên dinane. Ing sarèhning aku kiyi sawijining wong kang ngudi bangêt marang tumindaking paribasan: rukun agawe santosa, mulane sajêroning aku ana ing Sala wêktu sêkatèn iki, aku tansah ambudidaya anglakoni kabèh samubarang gawe kang ditindakake wong Sala umume ing sajêroning sêkatèn. Ngêmungake saêbab sing tansah dak singkiri ora tau dak lakoni, awit niyatku nyang Sala kiyi arêp ngrasakake têmênan mungguh rasane wong mêrdika. Dene saêbab sing tak singkiri bangêt mau, yaiku: samubarang gawe sing sarwa kangelan. Wah, Kang Garèng, turne anggonku nglakoni tumêkane saiki lagi limang dina, nang awak rasane jêbul wis pating klênyit bangêt, dhing. Ing môngka sing tak lakoni kuwi mung lumrah bae, kaya ta: nèk bêngi ora tau saba ngomah, nèk awan mung ... klayaban. Nanging amrih têrange, jajal tak caritakne nyang kowe sing urut kae.

Anggonku mangkat saka Batawi sida ing tanggal 4 sasi Agustus kiyi. Ing sarèhning ing dina iku uga, aku kudu wis nyang Sala, lakuku iya banjur kapêksa nunggang sêpur kilat. Lan ing sarèhning lakuku kuwi ora partikêlir, nanging dhinês, dadi tindakku nyara priyayi jêklèk, mulane iya banjur kapêksa nunggang klas loro, tur anggonku manganggo iya tak kayang têmênan. Kala samono apa manèh kowe Kang Garèng oraa pangling nyang aku, bok iya sing momong kiraku iya pangling, wong aku dhewe bae ana ing sêpur, barêng lumêbu ing pakiwan, ana ing sangarêpe pangilon, ujug-ujug aku banjur andhêngkluk urmat, tak arani sing nang ngarêpku kuwi bêndara priyayi gêdhe têmênan, apês-apêse asor-asore [asor-asor...]

--- 1058 ---

[...e] iya priyayi patih, sanadyan namung Patih Sangkuni utawa Patih Logêndèr bae nanging rak iya jênêng patih, ta. E, jêbul-jêbul sing tak urmati mau mung ayang-ayanganaku dhewe. Ing sakawit nunggang sêpur ana ing klas loro kuwi aku ya rumasa garang, brêgas, mungguh lan jêmpol, nanging barêng sêpure mandhêg ana ing sêtatsiun Prupug, aku banjur muring-muring bangêt, awit ing kono aku wêruh: bakul sêga pêcêl lan bakul sate, kang anjalari gorokanaku tansah langsir bae. Apa manèh wêtêngku wis suwe anggone kalurak-kaluruk, jalaran durung kalêbon sêga wadhang. Arêp tuku: isin, awit kalasamono ngrumasani lagi dadi bêndara gêdhe bangêt. Mulane barêng sêpure mangkat manèh, sanalika kono aku banjur mêling nyang jongos sêpur anjaluk dhaharan cara Walônda. Iya jalaran saka brêgasing panganggoku mau, aku banjur ora sondèl mêling: sêga gorèng lan sapêpadhane, nanging sing tak wêlingake iya: kênthang bêstik saporsi. Nanging bawane wêtêng kulina kisenan sêga lawuhe jangan gori utawa gudhêg, sanadyan diisènana kênthang rong kati lan daging rong pun pisan, lêt sajam bae wêtêngku iya banjur kêmrampyang manèh.

Ora, Kang Garèng, kiraku bakal kêdawan layangku kiyi, yèn tak caritakna kabèh mungguh lêlakonku ana ing sêpur saka Bêtawi nyang Surakarta mau. Mulane arêp tak jujug bae nalika têkaku ana ing sêtatsiun Balapan. Sanadyan aku wis kêrêp lêlungan nyang Sala, ewadene barêng aku mêdhun saka sêpur, kalasamono pikiranaku iya rada bingung, awit salawase ana sêkatèn kiyi, niyatku ora arêp manggon nyang hotèl kayadene adate yèn aku kabênêr ana ing Sala, nanging niyatku arêp andhèrèk mondhok nyang dalême prênah paman kang jumênêng dadi sêkul opsinêr ana ing Surakarta kono. Dene prêlune, ing sarèhning paman mau wis rada lawas ana ing Sala, dadi têmtune bisa paring katêrangan warna-warna kang migunani tumraping awakku. Nanging bawane aku kiyi ngêplêki bae karo para propesor, dudu kapintêrane, nanging lalène, dilalah sing didalêmi paman mau, saka pangèstumu, sanadyan aku wis bola-bali mrono, iya lali. Mulane barêng aku lagi plompang-plompong ana ing sêtatsiun dipêthuk putrane kathik anggawa motor, gêdhening atiku prasasat sajagad bêngêp têmênan. Anggonku gêdhe atiku mau, 1e. jalaran anggonku bakal anjujug nyang dalême paman mau mêsthi ora kêsasare, 2e. anggonku ngrumasani dadi dara priyayi gêdhe, ora owah, nanging malah banjur promosi, yaiku malah banjur dadi: dara priyayi gêdhe tur sapupu têkuk. Luwih manèh barêng aku dingandikani dening pamanku mau, yèn sajêroning aku nyang Sala kiyi pinarêngake nunggang otone, wèh, rasaning atiku mak pêthunthung prasasat kaya ... walang wadung. Sauwise aku disugata saprêlune, aku banjur mubêng-mubêng - wis mêsthi ta yèn nitih motor - prêlu anêmoni para mitraku. Jam 8 thèng aku lumêbu ing papan sêkatenan. Mungguh kaanane ing kono ora beda karo pasar malêm lumrah, bedane mung sathithik, [sathi...]

--- 1059 ---

[...thik,] yaiku: anane warung dhaharan sarta resturan akèh bangêt, mêngkono uga anane toko-toko warna-warna lan sasayahe têmênan. Dene anane tontonan iya rada pêpak kaya ta: wayang wong, dhogèr saka Bandhung, Andhe-andhe Lumut, drimolên, yaiku: kae lo Rèng jaran-jaranan kretan, sarta têtunggangan liya-liyane manèh, sing tansah mubêng-mubêng kae. Kajaba iku iya ana mungsike lan jèsbène, cêkake tontonan kumpêlit, tur sing akèh tontonan Jawa kabèh. Mung tontonan siji, sing sajêkku aku ginanjar urip ana ing ngalam donya kene aku durung tau wêruh. Mulane sauwise aku mubêng-mubêng, banjur amrêlokake nonton kuwi dhisik.

Mungguh anane pranasmara kiyi kabare durung suwe. Dene sing andhawuhake yasa: Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda. Sing padha main kabèh wong wadon. Lakone sing kanggo pranasmara mau warna-warna, iya anjukuk lakon wayang purwa, dongèng panji, lan sapiturute. Mungguh kagunan Jawa sing dipitontonake ana ing kono kuwi aku wis ora bisa nacad. Jogède pêng-pênan, têmbangane: iya ambêlagit. Nalikane aku nonton, lakone: Sri Manuksma. Nèk tak caritakna kabèh anane lakon kiyi, kiraku malah marakake ngilêrmu bae. Kajaba iku panontonku ora tutug, kathik rada ora pati ngrêti, jalaran saka sayah anggonku mêntas nyêpur, cangkêmku tansah angop, lan mataku tansah mêlèk mêrêm bae. Mung nalikane mêtu Bancak lan Dhoyok, mataku mak pêndirang lan kupingku banjur mak jêpiping, sabab arêp tak cocogake karo sing wis dijukuki ana ing plat-plat gramopun. We, hla, thik jêbul srêg bangêt. Dilalah sing dadi Bancak kuwi, iya sing dijukuk nang plat kae, yaiku: Mas Ajêng Manggis. Wadhuh, nang ati, le mak cês kaya ngombe ès kopyor. Têtêmbangane Bancak Dhoyok sing nang plat-plat kae, iya mêtu kabèh, kaya ta: dhandhanggula turulare, pangkur gègèrsore, ima-ima, glathik incêng-incêng, lan isih akèh manèh tunggale, cêkake mèh kabèh andadèkake lêga lan sênênging atiku, mung saêbab sing agawe sêpêting mripatku, yaiku pêrange Bugis karo Radèn Pratinggi Sinom Pranawa, hla, apa mèmpêr, wong wadon têka main pêncak, iya kêthuwal-kêthuwêl kaya wong anggusah pitik, ambok iya sing dadi Bugis kuwi disalini ganti wong lanang bae, kiraku iya luwih cikat, lan luwih tandang. Nanging sapa wêruh, ya Kang Garèng, yèn ing kono ana sêdya arêp ambuktèkake, yèn wanita kuwi ing jaman saiki ing bab apa bae, ora prêlu kalah karo priya.

Kanthi mata andaluyub, kira-kira jam 12 aku bali nyang pondhokan. Wis, Kang Garèng, layangku tak punggêle samene dhisik, liya dina dak kirimi layang manèh.

Surakarta 9 Agustus 1930.

Rayinirèku Petruk.

--- 1060 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah

Imigrasi

Kala Minggu ingkang kapêngkêr kapal api Jêmbêr labuh ing Tanjungpriuk, ambêkta tiyang siti gangsal atus, ingkang kathah asli saking Jawi Têngah badhe nyambut damêl dhatêng Indhia Kilèn.

Dhêndhan agêng.

Pangadilan landrad ing Pangkalpinang andhawahakên ukuman dhatêng satunggaling sudagar bôngsa Tionghwa kathahipun f 38.000-, ing bab batu api pêtêng. Ing sadèrèngipun andhawuhakên karampungan, ambêskup barang-barang toko rumiyin, ing ngriku pinanggih wontên batu api 600 kilogram, dakwa kêdah ambayar beya f 180.000-

Pamulangan kaum ibu.

Kawartosakên, bilih saking pambudidayanipun Nonah Siti Rahayu, guru pawiyatan Rini ing Surabaya, sagêd ngêdêgakên pamulangan kaum ibu wontên ing kampung-kampung, kathah para wanita têtiyang siti ingkang sinau maos lan nyêrat. Ingkang sampun tumindak majêng ing kampung Gêntèng, Pacarkêling tuwin Wanakrama. Kajawi punika, pamulangan wau ugi sampun ngêdalakên tuntunan maos dipun namakakên: aku sinau maca. Sêrat tuntunan wau rêginipun namung 10 sèn salêmbar. Pikantukipun tuntunan wau ugi katingal.

Sêrat kabar Jênggala badhe dados kabar padintênan.

Bilih botên wontên pambêngan, sawatawis dintên malih kalawarti Jawi nama Jênggala ing Surabaya, badhe kadadosakên kabar padintênan. Ingkang mandhegani Tuwan Ayat tuwin Isbandi.

Palapuran Dhigul.

Miturut pawartos, parentah sampun nampèni palapuranipun paduka Tuwan W.P. Hillen ing bab pikantuking papriksan ing Dhigul. Parentah sampun lapur lumantar tilgram dhatêng ministêr pan koloniên ing nagari Walandi. Ing bab wontêning palapuran wau ing pangintên, anggènipun maradinakên tumrap nagari Walandi tuwin Indhia badhe kasarêngakên, inggih punika samôngsa ministêr pan koloniên angladosakên dhatêng wèdhêkamêr, tuwin tumrapipun Indhia dhatêng polêksêrad.

Pasamuwan Mulud.

Dhawahing dintên garêbêg Mulud, Mohamadiyah P.S.I. tuwin J.I.B. ing Batawi ngawontênakên arak-arakan. Malêming garêbêg arak-arakan wau ngalêmpak wontên ing masjid Cikini, ingkang sami dhatêng kathah sangêt. Lampahing arak-arakan saking cikini dhatêng gêdhong pêrmupakatan, anglangkungi kêbon binatang, Parapatan, Kwitang tuwin Kramat. Jalaran saking kathahipun ingkang sami tumut arak-arakan, ngantos wontên sanèsipun golongan ingkang dipun cêgah ing pulisi.

Têdhak Dipanagaran.

Awit saking panuwunipun Radèn Mas Dawud Dipanagara tuwin kulawarga sanès-sanèsipun, ingkang sami asli têdhak Dipanagaran, sapunika angsal dhawuh saking parentah, kaparêngakên kêkesahan dhatêng pundi kemawon.

Arta krêtas ingkang dipun risak.

Salêbêtipun wulan Juli kapêngkêr, Algemeene Rekenkamer nyirnakakên arta krêtas, damêlan nagari Walandi ingkang rêgi f 2.50 cacah 680.000 lêmbar, rêgi f 1.- cacah 1.680.000 lêmbar. Damêlan Amerikah ingkang rêgi f 2.50 cacah 60.000 lêmbar, tuwin rêgi f 1.- cacah 100.000 lêmbar.

K.N.I.L.M. salêbêtipun wulan Juli.

Ingkang sampun-sampun, ing sabên wulan cacahipun têtiyang ingkang numpak mêsin mabur K.N.I.L.M. langkung 1500. Ing wulan Juli kapêngkêr wontên 2024 kapetang lampah anggêgana sadaya. Dene wontênipun barang momotan, ing wulan Juli 12.488 kilo, tumrap sêrat pos saya mindhak, wontên 772 kilo, isi sêrat 54.000 langkung.

Taman Siswa ing Jêmbêr ngêdêgakên pamondhokan.

Pamulangan kabangsan taman siswa ing Jêmbêr kalampahan sampun sagêd ngêdêgakên griya pamondhokan. Ingkang dados sêsêpuh nyonyah S. Suryaputra, pangajêng guru ing pamulangan wau.

Komite panyêgahan dagang tiyang èstri.

Ing wêkdal punika ing Surakarta ugi wontên ingkang damêl ada-ada ngêdêgakên komite panyêgahan dagang tiyang èstri kados ing Ngayogya tuwin Batawi. Saha sampun kalampahan adamêl parêpatan sêsorah umum.

Taman pustaka gêmintê Sukabumi.

Taman pustaka gêmintê ing Sukabumi kapindhah dhatêng papilyun gêmintê sèkrêtari, ing ngriku wontên papan kangge maos kobèt, sabên tiyang kenging dhatêng ngriku maos sêrat-sêrat kabar, kalawarti lêlahanan. Bikakipun taman pustaka sabên wanci nyambut damêl. Buku-buku waosan ingkang kacathêt ing pratelan, tiyang ugi kenging ambêkta wangsul, mawi nyewa.

--- 1061 ---

Rêdi Krakatao.

Wiwit dintên Sêtu dumugi malêm Ngahad kapêngkêr, wontên balêdhosan kaping 1170, balêdhosan samantên wau ingkang 38 rambahan inggilipun langkung 1000 mètêr, tuwin 207 rambahan, inggilipun langkung 500 mètêr. Ingkang inggil piyambak wontên 1650 mètêr.

Ngahad dumugi Sênèn, wontên balêdhosan kaping 1129, ingkang 4 rambahan inggilipun langkung 1500 mètêr, 50 rambahan langkung 1000 mètêr, tuwin 225 rambahan langkung 500 mètêr, ingkang inggil piyambak 1600 mètêr.

Pulo anakan Krakatao sakawit ical, sapunika katingal malih. Têlênging balêdhosan wontên 4 panggenan.

Klinik Muhamadiyah ing Batawi katutup.

Kawartosakên, klinik Muhamadiyah ing Batawi sapunika katutup, jalaran saking kêkirangan waragad. Bab punika eman sangêt, pinuji mugi sagêda ngadêg malih.

Kiranging tiyang numpak sêpur ing Sukabumi.

Kawartosakên, sampun salêbêtipun kalih minggu, tiyang ingkang numpak sêpur sênèl sakawit ingkang bidhal saking Sukabumi dhatêng Bogor sakêdhik sangêt. Malah ing sawênèhipun dintên, tiyangipun ingkang numpak ing klas tiga namung tiga, ing klas kalih wontên kalih, ing klas satunggal kothong, lan wontênipun ing sêtatsiun-sêtatsiun ingkang dipun kèndêli, botên wontên tiyang numpak. Wontênipun ngantos suda kados makatên punika, jalaran saking otobis sami ngandhapakên waragad.

Kursus jurnalis.

Kursus jurnalis ingkang dipun adani dening Tuwan Tabrani ing Batawi, sampun dipun wiwiti, kathah ingkang migatosakên. Kawartosakên, ingkang malêbêt jalêr 68, èstri 10. Ingkang golongan jalêr kabage dados kalih golongan: 45 ngangge basa Malayu, sinaunipun saminggu kaping kalih, Sênèn kalihan Kêmis, wiwit jam 7 dumugi jam 8.30 sontên. Ingkang 23 ngangge basa Walandi, sinaunipun saminggu sapisan, sabên dintên Jumuwah, wiwit jam 7 dumugi jam 8.30 sontên. Tumrap golongan èstri gadhah panêdha supados pamulangipun kamaligèkakên, sawêg dipun timbang. Ing dalu ingkang kapisan wau, Tuwan Tabrani murwani angandharakên ing bab sêrat kabar padintênan umum.

Sêsorah bab komunis.

Kala minggu kapêngkêr ing Jawi Têngah wontên tiyang sakawan sami dipun cêpêng, têtiyang wau sami punggawa sêpur, amargi kadakwa sêsorah ingkang araos komunis.

Asiah.

Nata Siyêm badhe jêjampi dhatêng Amerikah.

Wontên pawartos saking Bangkok, benjing wulan Marêt 1931, sri nata ing Siyêm badhe dhatêng Amerikah, prêlu jêjampi anggènipun gêrah tingal.

Bab komunis.

Parijs 10 Agustus (Aneta-Nipa). Wontên pawartos saking Hanoi, pangadilan ingkang maligi mariksa prakawisipun dakwan komunis ing Indo-China andhawahakên ukum kisas dhatêng dakwa 12, ingkang sami kadakwa adamêl rajapêjah tuwin nindakakên barontakan sarana adamêl tiwas. Wontên tiyang 114 ingkang kaukum bucal, 11 kaukum salaminipun gêsang tuwin 9 dipun ukum sanès malih.

Kawontênan ing Sangsa

Nanking 11 Agustus (Aneta-Nipa). Sêpêning pawartos radhio saking Sangsa, nuwuhakên pangintên ingkang kirang sakeca, punapa kitha wau dipun broki ing golongan komunis malih. Tèlêgram ingkang kakintunakên rambah-rambah tanpa angsal wangsulan. Wontênipun lêlampahan kados makatên, kakintên kala golongan komunis oncat saking ngriku, anilar golonganipun lajêng mangangge limrah, wusana sarêng wadya parentah ngoyak mêngsah, lajêng gêntos angêbroki.

Bêna ing Tinsin Tiyaoning.

Tinsin 11 Agustus (Aneta-Nipa). Bêna kingkangingkang. ngrisak jajahan Tinsin tuwin Tiyaoning kala minggu kapêngkêr adamêl kapitunan kathah, sagêd ugi ngantos atusan ewon dholar. Kawontênan sajawinipun Banlitiyang anggêgirisi, wontên dhusun pintên-pintên dasa sami kêlêban, tiyang ingkang kablabak atusan, tiyang ingkang ngili ewon, sami dhatêng kitha-kitha ing pasisir.

Eropah.

Cacahipun tiyang nganggur.

Berlijn 10 Agustus (Aneta-Nipa). Cacahipun tiyang nganggur ingkang botên angsal padamêlan ing Berlijn dumuginipun tanggal 31 Juli wontên 2.757.000. tinimbang taun ingkang kapêngkêr, mindhak sayuta.

Nagari Walandi.

Anggêgana dhatêng Indhonesiah.

Den Haag 9 Agustus (Aneta-Nipa). Pirantos ingkang kangge anggêgana dhatêng Indhonesiah benjing ing wulan Nopèmbêr ngajêng punika, badhe dipun dèkèki pirantos radhio, minôngka cobèn-cobèn.

Pawartos saking administrasi.

Lêngganan nomêr 4316 ing Nglaba. Sudan rêgi almênak kenging kacowok miturut tarip. Wragad ngintun katanggêl dening Bale Pustaka. Bab lotre prayogi mundhut papriksa piyambak dhatêng Escompto Weltevreden.

--- 1062 ---

Wêwaosan

Sêrat Ramayana

7.

[Asmaradana]

dene sanggyèng wadu aji / pan wus pêpak tata-tata / jangkêp sapalakartine / sacaraning jumênêngan / murwani kang pahargyan / swarèng têtabuhan ngungkung / lir wêwarta sanagara //

para janma kang miyarsi / rasaning tyas lir kadayan / kalaban ing suka gêdhe / satêmah samya gambira / mêmuji sukur ring Hyang / dene katurunan ratu / têrahing nata utama //

tan amung janma nagari / nadyan kawula ing desa / ciptanira datan pae / dupi samya myarsa warta / lamun satriya Rama / arsa sumilih kaprabun / dahat suka sukur ring Hyang //

samya mring praja anggili / kalayu arsa uninga / marang ing ratu gustine / tanapi para pandhita / dupi samya miyarsa / samya sarêngan tumurun / nawur puja maring praja //

marma dupi wanci enjing / upyêk sajêroning praja / sagon-gon kalangkung rame / nanging ing sajatinira / tumrap Sri Dasarata / kaananing praja sagung / mung mawèh duka sadaya //

sri nata kasok ing galih / kadi tan kawawa miyat / atanapi mirêngake / ing satêmah tanpa daya / lir tugu sinukarta / nglênggêr tanpa mosik sêgu / tan obah nèng palênggahan //

tan kêndhat ciptaning galih / èngêt mring putra Sang Rama / dene antuk sabab gêdhe / bêbasan datan angira / yèn kasandhung ing tawang / ing mangkya panggalih prabu / mung pêpês datanpa daya //

ing mangkya Dèwi Kekèyi / dupi uning sri narendra / amung nglênggêr ing samangke / malah sakalangkung suka / lir antuk kaladesa / dènira ngêtrapkên laku / sagêd dèn cakkên sakeca //

nulya dhawuh animbali / mring putra satriya Rama / mrih umarêk sri pamase / sang dèwi arsa dhêdhawah / jatining karsanira / Sang Rama tan pisan wêruh / mring karsaning pramèswara //

baya wus karsèng dewadi / Sang Rama datan kawasa / ngoncati marang cobane / gantya mangke cinarita / nênggih satriya Rama / wus dangu angantu-antu / dhawuh timbalaning nata //

ing sawusira miranti / Sang Rama nulya budhalan / Laksmana andhèrèkake / sakalihan awahana / tindak ngidêri kitha / sagon-gon pinajang luhung / tan kêndhat binarung puja //

para janma mung mêmuji / widadanira Sang Rama / lulusa ing salamine / riwusing midêr warata / Rama miwah Laksmana / nulya nuju mring kadhatun / umarêk ing rama nata //

piyak janma jroning puri / samya arampak manêmbah / dupi uninga gustine / mung Sang Rama sanalika / ing tyas dahat karasa / osikira sang binagus / tinampi kadi sasmita //

ingkang mangkana sayêkti / dupi praptèng ngarsa nata / Sang Rama kagèt galihe / dene sri nata tan ebah / nglênggêr nèng palênggahan / kadi nandhang gêrah dangu / sulaking netya katara //

namung Sang Dèwi Kekèyi / jumênêng cakêt ing nata / sumaringah guwayane / tan katon rasèng sungkawa / Sang Rama sanalika / ing tyas karasa kumêpyur / dene tan cundhuk ing kira //

kinintên kang anyakêti / kang ibu Dèwi Kosalya / nanging mênggah ing nyatane / Dèwi Kekèyi kang pêrak / marma satriya Rama / sakala ing cipta tuwuh / lamun mangguh sambekala //

sang nata amung mriksani / nalika Rama Laksmana / umarêk ngarsèng pamase / Dèwi Kekèyi sakala / nulya tanggap ngandika / hèh Rama wruhanirèku / sun paring warta mring sira //

sri narendra darbe janji / kasaguhan rong prakara / kang wus pinaringkên mangke / wus kinanthenan prasêtya / bab ingkang saprakara / kang têtêp jumênêng ratu / arinira Si Barata //

lan mungguh sira pinasthi / winêtokkên saking praja / patbêlas warsa lawase / sira wajib anarima / tumuli lakonana / Sang Rama amung andhêku / tan pisan kawawa ngucap //

sri nata têtêp tan mosik / saking dènira kataman / coba kang arasa gêdhe / saking gêngirèng sungkawa / sarira amarlupa / anglêgèyèh tanpa bayu / ing tyas mung karasa-rasa //

riwusing katog anganti / Sang Rama nuli manêmbah / lan andhingkluk alon-alon / traping bêkti datan owah / yèku môngka pratôndha / dènnya bêkti mring sang prabu / miwah maring pramèswara //

sang nata tan pêgat niti / marang solahirèng putra / araos ngrontog galihe / nanging mêksa tan ngandika / mung ing sêmu katara / netra kêmbêng-kêmbêng êluh / lan anyawang tanpa kêndhat //

Sang Rama umatur nuli / kalawan dahat nalôngsa / kawula tan pisan mopo / awit dhêdhawuhing nata / yêkti tan kêni ewah / ulun mung sandika anut / dosa kalamun lumuha //

Sang Rama riwusira ngling / nulya umundur lan nyêmbah / tanapi andhingkluk alon / undurira kawistara / dahat nahên sungkawa / ananging mêksa rinapu / kanthi rasèng kasantosan //

Ing sakala katon sêpi / tanpa swara kapiyarsa / angin lir kandhêg lampahe / ron ruru kang tibèng kisma / kongsi nyuwara cêtha / sawusing Sang Rama mundur / kumambang lir kentir toya //

[Maskumambang]

undurira Sang Rama mêmêlas asih / singa kang umulat / kumêmbêng abela tangis / ketang katêtangi ing tyas //

tinêmuning warta tan pisan nêrusi / umyungirèng praja / lir liniru rasa tangis / nrênyuhi janma sapraja //

sêmunira baskara kadi ngoncati / pindhanira merang / salulup nèng mega putih / tan tega mulat buwana //

datan pae ciptaning janma kang uning / mung kèbêkan wêlas / mring Sang Rama kang kaswasih / sande dènnya madêg nata //

malah mangkya antuk siksa anglangkungi / kinendhang sing praja / pinisahkên lawan janmi / nèng wana datanpa rowang //

jatinira Sang Rama tan pisan gingsir / dènira pinisah / malah rinaos nêrusi / môngka pamasuh sarira //

awit nyata kang suka tanapi sêdhih / tumraping kawula / tan pisan bangkit ngoncati / janma mung wajib narima // (Badhe kasambêtan)

Ôngka 67, 24 Mulud Taun Jimawal 1861, 20 Agustus 1930, Taun V

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1063] ---

Ôngka 67, 24 Mulud Taun Jimawal 1861, 20 Agustus 1930, Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Ing Kurinci

[Grafik]

Gambar nginggil punika karêtêg kajêng ingkang panjangipun 100 mètêr, ingkang anglangkungi talaga Sarangan Agung, Sumatrah.

--- 1064 ---

Bab Ukuran, Takêran, lan Timbangan

Sambêtipun Kajawèn nomêr 65.

Mila inggih tindak ingkang kados makatên wau ingkang prêlu dipun awat-awati dening parentah. Sampun ngantos bakul kêkilakan mêndhêt kauntungan pêtêng, upaminipun, ukuranipun dipun panjangi, takêranipun dipun agêngi, timbanganipun dipun bêbaluhi, dene yèn nyade kadhawahakên kosokwangsulipun.

Amila ing sapunika, murih sirnaning lampah salinthutan warni-warni wau, parentah lajêng angawontênakên pakaryan babagan ngêcap, inggih Ykwezen wau, punika wosipun botên liya kajawi namung amrihatosakên dhatêng rakyatipun.

Ing kantor Ykwezen ngriku wontên punggawa-punggawa sawatawis kathahipun, inggih Walandi inggih Jawi, pakaryanipun ingkang prêlu sangêt inggih punika nitipriksa sakathahing ukuran, takêran lan timbangan warni-warni, prêlu dipun Yk (dipun cap), têgêsipun pundi ingkang sae saha kenging kaangge, inggih punika lajêng dipun têngêri cap [Y].

Sawarnining ukuran, takêran lan timbangan ingkang sampun dipun tandhani cap makatên wau tôndha manawi goedgekeurd (têgêsipun sae), dene yèn wontên têtêngêr cap ? inggih punika kosok wangsulipun afgekeurd (botên sae) lan botên wajib kaangge ngêngukur, nênakêr tuwin nênimbang. Mila inggih botên wontên capipun [Y].

Dumugi ing titimôngsa punika pakaryan Ykwezen wau taksih kenging dipun wastani sawêg tumindak kanthi alon-alonan, tandhanipun papan ingkang dipun wontêni kantor-kantoripun sawêg ing kitha ingkang agêng kemawon, sarta kathah tiyang dagang, ing salêbêting kitha dhistrik ugi sampun wontên barang tigang golongan wau ingkang dipun cap Yk sawatawis, kados ta ing salêbêting kithanipun dhistrik Tumpang, nalika tanggal 14 Nopèmbêr 1929 kapêngkêr sampun katindakakên, samantên ugi dhistrik-dhistrik sanèsipun ing wêwêngkon paresidhenan Malang. Sagêd ugi ing sanès panggenan ingkang dèrèng nate wontên kadadosan makatên, tamtu ing wingking badhe kadhatêngan, mila sampun ngantos kagèt.

Punapa wigatosipun dene pakaryan ngêcap wau mawi tumindak alon-alonan. Punika wosipun angeman dhatêng tiyang siti golongan dagang alit-alitan, langkung-langkung ing padhusunan, limrahipun kathah tiyang ingkang mlarat. Saupami pakaryan ngêcap lajêng grusa-grusu sabên wontên ukuran, takêran utawi timbangan ingkang dèrèng nate dipun titipriksa, lajêng pinêksa kapurih mriksakakên, lajêng dipun êcap tuwin kakengingakên prabeya ngêcap, ingkang awon, risak, tuwin botên cocog dipun: afgekeurd sampun tamtu kathah tiyang kagèt, kabêkta saking pakaryan wau taksih katêmbèn sangêt wontênipun. Kajawi punika tamtunipun ing padhusunan kathah timbangan saha sanèsipun wau ingkang botên cocog (afgekeurd), môngka yèn sampun angsal nama afgekeurd saking pakaryan Ykwezen, punika nandhakakên yèn barang

--- 1065 ---

wau botên kenging kaangge malih, dados tiyang prêlu kêdah tumbas barang enggal. Lah inggih ngawontênakên barang enggal wau ingkang adhakan andadosakên kawratanipun tiyang dagang alit, awit rêrêgèning timbangan tuwin sanèsipun wau kenging winastan botên sakêdhik, mila tumindaking pakaryan ngêcap ing wêkdal punika taksih kangge alon-alonan kemawon.

Tindak ingkang makatên wau pancènipun adhakan sangêt nuwuhakên pamurinaning manahipun kaum dagang agêng, lan ingkang sami manggèn ing kitha-kitha, malah bokmanawi inggih sawênèh kawêdal pitakenanipun makatên: punapa sababipun ing dhusun ngadhusun botên wontên bôngsa timbangan ingkang dipun êcap, môngka ing ngriku inggih botên kirang barang-barang wau, lah yèn makatên harak nama … O, sampun kalèntu tampi, mila murih dados pamarêming panggalih panjênêngan amriksanana katrangan ing nginggil, inggih punika yèn saking pamanggih kula: nagari sampun langkung ngadil, mila tindakipun lon-lonan, ing pangangkah sampun adamêl susah, tumrap among dagang alit-alit ing padhusunan. Nanging inggih kenging dipun yêktosi, ing wingking tamtu botên wande inggih makatên, sarta dumadosipun wau sadaya, panjênêngan lajêng botên sagêd maibên malih.

Kajawi saking punika mugi sampun ngantos kagungan panggalih mamang tuwin sêmang-sêmang, dinalih yèn ingkang dados: ijker (tukang nitipriksa sarta ngêcap timbangan-timbangan sapanunggilanipun) wau kirang lêrês papriksanipun, têgêsipun: ingkang sae kakintên awon, lajêng dipun parabi: botên kenging kaangge malih (afgekeurd), dados tumindak sakêparêngipun piyambak kemawon…. o, punika botên pisan-pisan makatên, awit kauningana, para amtênar èkêr (ijker) punika sampun sami pikantuk wulangan ingkang inggil. Botên nguciwani malih ingatasipun bab punika, dados sampun kenging pinitados bilih papriksanipun wau lêrês.

Sapunika sampun ragi gambêlang, bilih adêgipun pakaryan ngêcap wau ingkang langkung prêlu piyambak inggih punika gêgayutanipun kalihan among dagang. Mila tansah tinaliti sampun ngantos wontên tindak ingkang culika tuwin samar. Kosokwangsulipun: rèhne kula punika sadaya, sanadyan sanès tiyang dagang pisan, nanging sadintên-dintên prasasat inggih tansah sêsrawungan kalihan tiyang dagang, kados ta: tumbas gêndhis sakatos inggih dhatêng toko, punapa-punapa bêtah dhatêng toko, môngka barang-barang wau kathah ingkang katimbang, katakêr utawi kaukur, pramila kula sadaya ugi prêlu kêdah kasrambahan kawruh bab wau, botêna kaangge dêdagangan inggih mêksa taksih prêlu nyumêrêpi, pamrihipun supados manawi têtumbas punapa kemawon sampun ngantos kapusan, ingkang timbanganipun salêrêsipun kêdah angsal tôndha ?, môngka taksih dipun angge kemawon. Dados cêkakanipun, sintêna kemawon prêlu nyumêrêpi wêwadosing timbangan sabangsanipun ingkang mawi tôndha ? tuwin [Y] wau. Supados botên ngantos kenging balithuk.

--- 1066 ---

Samantên ugi tumrap tiyang dagang ingkang manggèn ing salêbêting wêwêngkon Kring pakaryan ngêcap, sasagêd-sagêd sampun ngantos katalompèn amriksakakên gadhahanipun timbangan tuwin sanèsipun wau, supados pikantuk tôndha sae utawi botên, dados tumrap para têtumbas, botên mawi mamang. Awit sadaya tiyang tamtu rêmên têtumbas dhatêng para bakul ingkang ngangge timbangan, takêran lan ukuran cocog, lêrês. Utawi malih, sagêd ugi ing wingking manawi pakaryan ngêcap punika sampun tumindak kêncêng, tamtunipun botên gumampil tiyang anggadhahi timbangan sabangsanipun wau kangge dêdagangan.

Wondene mênggahing wosipun andharan punika namung kula pêndhêti ingkang prêlu-prêlu kemawon, sarta ingkang adhakan dados pitakenaning ngakathah, amargi saking punika murih saya pêncar sarta sagêd kauningan ing ngakathah, kêpêksa kasalundhingakên ing ngriki, sanadyan karangan ing bab punika kenging ugi winastan kirang sampurna, nanging sampun nama lowung.

Nirrasa, Kêpanjèn - Malang.

Têtingalan Indonesia Moeda

Nalika dintên Sabtu malêm Ngahad tanggal kaping 9/10 Agustus ingkang kapêngkêr punika, pakêmpalan Indonesia Moeda sêsarêngan Kinder Vacantie Kolonie sami angadani têtingalan, manggèn wontên ing griya Schouwburg ing Wèltêprèdhên. Ingkang sami ningali kathah sangêt, karcis ngantos têlas, mratandhani yèn pakêmpalan wau dipun ajêngi ing ngakathah.

Mênggah ingkang dipun pitontonakên: 1. bêksan Srimpi Saptarini, 2. main selat yuyutsu, 3. wirèng Arjuna Gardapati, 4. sandiwara, mêndhêt lampahan Kèn Arok.

Srimpinipun katingal rampak sae, cacahipun pitu, jogèdipun modhèl enggal, mêndhêt pakêm srimpi Surakarta, sêkaran golèk Ngayogyakarta, legong Bali lan sanès-sanèsipun. Sanajan taksih sawatawis kuciwa, nanging sampun lowung, kenging dipun pamèrakên, manawi ragi tumêmên pamêsunipun sawatawis êngkas mêsthi badhe sagêd sae, badhe sagêd ngrêtos wirama, saya luwês solahipun badan.

Selatipun yuyutsu pantês ingalêmbana.

Wirèngipun Arjuna LardapatiGardapati. makatên ugi. Ingkang sami mirsani kêpranan, katawis kêplok mawurahan.

Sandiwaranipun modhèl enggal, prasasat dèrèng nate kapitontonakên. Sandhanganipun mêndhêt cara prajurit. Uparêngganing gapura sarta bangsal kancana, saya malih rêgênging pasewakan binarung ing gôngsa, katingal asri. Pocapanipun têmbung Malayu, dados ing sêmu pancèn nuhoni pikajênganing pakêmpalan, luluhing sadaya kagunan warni-warni, ngalêmpak dados satunggal.

Mênggah rêrênggan ing nginggil punika botên wontên [wontê...]

--- 1067 ---

[...n] pakèwêdipun, saya malih anggènipun lêlangên asmara, Anusapati kalihan Côndrakirana amêwahi sêngsêm.

Sarèhning basa Mlayunipun sadhèrèk Yamin punika sae sangêt, mila pancèn prayogi manawi sandiwara wau dipun dadosakên buku cap-capan, minôngka buku waosan.

[Grafik]

Pasewakan ing Tumapêl.

Têtingalan ing dalu wau kenging winastanan sae sadaya, tumrapipun ingkang sami mirsani kathah paedahipun, botên namung bab kridhaning kagunan kemawon, nanging ugi kathah piwulang tumraping gêsang, inggih punika pangandikanipun Sang Brahmana Êmpu Baradhah sarta Êmpun Lohgawe. Bibaripun têtingalan wau ngantos sawatawis dalu, wilujêng botên kirang satunggal punapa.

Kados ingkang sampun kasêbut ing sêrat ibêran, angsal-angsalanipun rêsik dipun darmakakên dhatêng: 1. banjir lahar ing Likasan, Salatiga, 2. kobongan ing Mèstêr Kornèlis, 3. kindhêrpakansi koloni, 4. kas pakêmpalan.

Lampahan Kèn Arok punika pêndhêtan saking babad tanah Jawi, kados ingkang sampun kawrat ing sêrat kina: Pararaton, inggih punika ingkang ngêwrat babadipun para narendra jaman Majapait sarta sadèrèngipun utawi sasampunipun Mahaprabu Brawijaya. Mênggah raosing lêlampahanipun Prabu Rajasa (inggih punika jêjulukipun Kèn Arok dupi sampun jumênêng narendra binathara mangrèh tanah Jawi), sarêng dipun êtrapakên ing sandiwara ragi wontên bedanipun sawatawis kalihan luguning babad. Wontên ing sêrat Pararaton ngêwrat lêlampahanipun Kèn Arok nalika taksih timuripun mursal murang tata, nanging labêting kinacèk sasamining tumitah, kinudhungan wahyu widayat, têmah sagêd jumênêng narpati. Ewasamantên surutipun ugi nama cikalaning pakaryanipun nalika taksih mudha, inggih punika nêmahi sotipun Êmpu Gandring, tiwas dening dhuwung run-tumurun pitung turunan, sedanipun Prabu Rajasa mirid ing Sêrat Pararaton, kaprajaya dening putra kuwalon Apanji [A...]

--- 1068 ---

[...panji] Anêngah Anusapati, ingkang malês ukum sedanipun rama piyambak: Tunggul Amêtung, akuwu ing Tumêpal.

Wasana sarêng katrapakên ing sandiwara, katingal cêtha, bilih Kèn Arok punika trahing ngabathara, titising Wisnu, putranipun Bathara Brama, ingkang prasasat angejawantah wontên ing ngarcapada, namung badhe ngêmpalakên kathahipun kraton ing tanah Jawi, mahambêg palamarta, bèrbudi bawa lêksana, anêtêpi pangandika ingkang sampun kawêdhar. Kalihan lêga raosing panggalih nêtêpakên ingkang putra kuwalon, Apanji Anusapati jumênêng gumantos narendra, wasana wantala nubruk dhuwung Gandring ingkang dipun ampil dening Pangalasan Batil.

Sêratipun Petruk dhatêng Garèng

Ingkang taklim.

Wiyose, Kang Garèng, lagi anu aku wis nyaritakake kaananku ing dina kang kapisanan ana ing Surakarta. dene ing dina kang kapindhone, yaiku dina Slasa tanggal kaping 6 Agustus kiyi, kanthi disilihi motore pamanku, aku plêsir mubêng-mubêng andêlêng kutha. Sing tak jujug dhisik dhewe ing pasar anyar. Wah, Kang Garèng, cêkake yèn kowe besuk bisa kalakon wêruh pasar sing anyar ing Surakarta, kiraku kowe bisa kalakon sêmaput têmênan. Sing anjalari sêmaputmu kiyi ora ngêmungake jalaran saka akèhe para bakul wedang sing padha mêntèrèng-mêntèrèng lan sing suwênge pating pêncorot pating pêncèrèt kaya kêmbang api, nanging uga jalaran saka bêciking panggarape pasar mau. Saking bêciking wujude lan pranatane ing kono, nganti aku ora bisa anggambarake sing nganti têrang mungguh kaanane pasar mau. Nanging wis jamak lumrah ana ing ngalam donya kiyi, ora ana barang sing sampurna, apa bae sing bêcik, kuwi mêsthi ana pangalêmbanane, nanging iya ana panacade. Dalasan tumraping wanita bae, sanadyan diunèkna endah kadya widadari tumurun ing ngarcapada, ewadene saka akèhing uwong iya mêksa ana sing banjur nacad, upamane bae mangkene: yak, êntute iya mambu.

Mangkono uga kaanane pasar anyar ing Surakarta, nèk mungguh panêmuku iya pancèn wis andhandhing têmênan. Apa manèh anggone mranata papane dêdagangan, iya wis kampi. Mara ta pikirên, Kang Garèng, kajaba pasar mau mubêng wis tembok kabèh, panggonane dêdodolan susun loro, ing ngisor lan ing dhuwur. Dene sing didhasarake ana ing papan ngisor, kuwi kabèh dêdagangan kang gampang pangumbahe, kaya ta balapêcah, wowohan, sayuran lan sapêpadhane. Mungguh saka panêmuku, pranatan iki pancèn iya wis mathuk bangêt. Awit pasar kuwi lumrahe papan kalumpuke wong saka ing ngêndi-êndi, sing têkane mrono ora mêsthi yèn padha dharat kabèh, mêsthine iya ana sing padha nunggang motor,

--- 1069 ---

kreta, dhilman, andhong, nèk-nèke iya ana sing têka nunggang grobag. Têkane kabèh mau mêsthine iya apdha mawa balêdug. Dene anjoging balêdug têmtune iya ora nèk banjur mumbul nganti dhuwure 8 mètêr utawa luwih, mêsthine anjoge iya ana ing papan sing ngisor, mulane nèk panêmuku iya wis cocog bangêt, yèn papan-papan sing ngisor kuwi dipigunakake kanggo dhasar barang-barang sing kêna dikumbah, kaya ta: sayuran. Kayadene adhimu Makne Kamprèt, têmtune nèk arêp anjangan bobor bayêm upamane, mêstine rak iya ora, ta, nèk bayême banjur: plang-plung, dicêmplung-cêmplungake ana ing kwali bae, têmtune rak iya nganggo dikumbah barang dhisik. Mêngkono uga panganggone balapêcah, têmtune iya nganggo dikumbah barang dhisik.

Dene kang didhasarake ana ing papan sing dhuwur, dadi ing papan sing ora pati nadhah blêdug, kuwi kaya ta, dhêdhaharan. Sing diarani dhêdhaharan kuwi, upamane: sêga salawuhane; jangan, gudhêg, sambêl gorèng, êndhog pindhang, cêplok lan sapanunggalane. Ombèn-ombèn sing sarwa angêt, lo, iki dudu arak obat, jênèwêr utawa wiski kêring, nanging kabèh ombèn-ombèn sing matênge sarana dipanasi, yaiku: wedang kopi, wedang rondhe, sêkotêng lan sapanunggalane. Mêngkono uga dhêdhaharan sing kanggo pacitan medang, kaya ta: wajik, kêtan, krasikan, ondhe-ondhe, cucur, srabi inggris, lan sapêpadhane. Hla, kiyi kabèh kanggone rak ora sêmang dikumbah dhisik, ta. Têmtune nèk pancèn wong rêsikan bangêt, arêp mangan: jadah, wajik, krasikan, kudu dikumbah sabun dhisik, hla, kuwi aku ora ngrêti. Nèk wong sing lumrah têmtune nèk arêp mangan pêpanganan, iya ora nganggo dikumbah-dikumbah. Mulane papan padhasarane iya dipilihake ing papan sing adoh nyang blêdug. Mêngkono uga daging, kuwi utamane iya kudu dipapanake sing ora gampang kalêbon balêdug. Iki gêgayutane karo ing bab kawarasan.

Hara, Kang Garèng, apa kiyi ora jênêng brêgas têmênan. Nanging kaya uniku ing ngarêp, wis lumrah, anggêr ana pangalêmbana, iya banjur ana panacad. Dene panacad sing tak rungu ana ing Surakarta, ya kuwi mangkene:

Wah, nèk wujude pasar niku pancèn ênggih botên kêna dipaido têmênan, le rêsik le gêmrining, le anjêgarang. Pranatane ênggih pancèn apik, sing kêna dikumbah kudu didhasarake têng ngisor, sing botên kêna kambon balêdug kudu têng dhuwur, nanging saka akèhe aturan niku banjur dadi rèwèl. Kudu ngotên, kudu ngètên, bakul cilik-cilikan kudu bayar sêmèntên, saplongan kudu dibayar sêmèntên. Wèh, cêkakane, êmpun-êmpun, ênggih rèwil bangêt. Ning bakule ênggih botên bodho, sarèhning ditariki bayaran akèh, dodolane rêgine ênggih sami diundhakake. Hla, rêrêganing napa-napa banjur dadi mundhak larang.

Lo, mangkono anane panacad mau, Kang Garèng, [Ga...]

--- 1070 ---

[...rèng,] lan wong-wong mau ora pisan-pisan ngèlingi, yèn barang kuwi saya bêcik, pamulasarane iya mêsthi saya angèl lan saya larang. Tandhane kowe kae nalikane ngalap Dèn Ngantèn Paiyah, wong iya priyayi kathik ayu rupane, têmtune anggone mragadi iya luwih akèh, kajaba kudu nukokake suwêng blong, pêniti rèntèng, jungkat ngawe-awe, têmtune sabên dina iya kudu nyadhiyani pupure bae iya De Coty lênga wangine apês balêbês Brillantine, seje karo bakyu sing dhisik, disadhiyani pupur Crêbon iya wis mantêp, dalasan kanggo kabêsusan, wis rumasa gêdhe atine, yèn dicrut-cruti ... lênga putih. Mêngkono uga anane pasar anyar, ing sarèhning diapik-apik, dirêsik-rêsik, murih bêcike tumrap kawarasaning kabèh kang padha migunakake pasar mau, rak iya wis mêsthine, ta, yèn wong-wonge padha mèlu urun waragad kanggo ngupakara pasar mau.

Wis, Kang Garèng, kaya-kaya wis cukup anggonku nyaritakake mungguh kaanane pasar anyar ing Surakarta. Saiki tak banjurne anggonku carita lêlakonku ing dina Slasa mau. Saka pasar aku banjur mubêng-mubêng nyang panggonan liya-liyane. Sing agawe lêga lan gêdhening atiku, dene motor-motor sing padha glindhang-glindhing kuwi sing akèh têka duwèke wong Jawa. Barêng aku nêrangake nyang wong-wong akèh, aku olèh katêrangan, yèn ing Surakarta kuwi pancèn akèh wong-wong Jawa sing padha sugih-sugih. Barêng aku ngrungu sing kaya mêngkono kuwi, rasaning atiku ora mung gêdhe sagunung anakan bae, nanging malah saêmbahning gunung Sêmèru. Kala samono gagasanaku banjur angêlangut. Upama para sugih mau banjur padha krêsa guyub rukun, angêdêgake bangsaning maskape sing gêdhe têmênan, kang anganani warna-warna kabudidayan, kiraku kiyi bisa ngundhakake karaharjaning praja, apadene nyuda kamlarataning para kawula ing Surakarta. awit miturut apa sing tak rungu, iya bênêr yèn ing Surakarta mula akèh wong sing sugih-sugih, nanging kosok baline sing mlarad bangêt iya pirang-pirang.

Kira-kira jam 12 aku mulih nyang pondhokanaku. Bêngine aku lunga nyang sêkatèn manèh. Dene sing tak prêlokake dak tonton; wayang wong Saritama saka Surabaya, kang jênênge wis kasuwur ing saindênging tanah Jawa kene. Kalane aku nonton, kabênêran lakone: Prêgiwa Prêgiwati. Kang Garèng, mungguh anane wayang wong Saritama mau, iya pancèn jêmpol, apa manèh sandhangane, wadhuh, pating glêbyar, pating krêlip, kiraku iya payu gadhèn-gadhènane. Nanging mungguh pamaine, kaya-kaya kok iya ora sêpiraa, mung lumrah bae. Ewadene anggonku nonton mêksa nganti têkan bubare. Kira-kira jam 1.30 aku mulih nyang pondhokan, kanthi pikiranaku kêbak angrasakake sing dadi Prêgiwati. Wis, wis, Kang Garèng, layangku tak punggêle samene bae dhisik, liya dina tak layangi manèh.

Sala 10 Agustus 1930.

Rayi, Petruk.

--- 1071 ---

Jagading Sato Kewan

Maesa ing Sumba

Pulo Sumba inggih Sandelhout punika agêngipun cêkapan. Ing pulo ngriku punika prayogi sangêt kangge pambranahan rajakaya punapadene kapal, dene ingkang sampun misuwur rumiyin mila pamêdalipun kapal, limrahipun dipun wastani kapal sandêl. Mila sanadyan ing pulo wau tumrap pamêdaling siti botên sapintêna, awit botên ngantos sumêbar dhatêng sanès nagari, nanging kapalipun ngantos sumêbar dumugi pundi-pundi lan misuwur mênggahing saenipun. Dados panggaotanipun têtiyang ing ngriku punika ingkang agêng kenging dipun wastani saking anggènipun dagang kapal. Dangu-dangu lajêng wêwah panggaotan ingkang gêgayutan kalihan parentah, inggih punika ambranahakên lêmbu bênggala, kados ingkang sampun kasêbut ing Kajawèn nomêr 65. Mila tumraping têtiyang ing ngriku, saking kulinanipun dhatêng rajakaya tuwin kapal, ngantos kenging dipun wastani dados tiyang ahli, saya malih bab lampahing sade tinumbas, ugi sampun botên kêkirangan ingar-ingêripun.

[Grafik]

Para raja-raja ing Sumba.

Sanadyan pulo Sumba punika alit, nanging kathah rajanipun, ing salêbêtipun pulo ngriku wontên rajanipun langkung sadasa. Dene para raja wau ugi sami nindakakên pambranahan kapal utawi rajakaya, wontênipun nindakakên makatên, kajawi sampun nama kacara, ugi nama dados bakuning pangupajiwa. Kajawi tindak makatên wau, tumrap satunggal-satunggaling raja inggih gadhah asil sanès, inggih punika mêndhêt beya saking rajakaya utawi kapal ingkang kabêkta mêdal saking bawahipun, sabên kewan satunggal f 5.-

Ingkang sampun kasêbut ing nginggil, pamêdalipun pulo ing ngriku kapal tuwin lêmbu, kajawi punika inggih taksih wontên malih, inggih punika maesa. Mênggah maesa wêdalan ing ngriku punika langkung agêng tuwin langkung kiyat tinimbang maesa ing tanah Jawi.

Sarèhning ing bab lêmbu tuwin kapal sampun kêrêp kapratelakakên wontên ing Kajawèn, utawi sanès-sanèsipun, [sa...]

--- 1072 ---

[...nès-sanèsipun,] ing ngriki badhe nyariyosakên bab maesa.

Mênggahing pangingah sanadyan wontên bedanipun, nanging inggih botên sapintêna, mila botên prêlu kaandharakên.

Kados para maos botên kêkilapan, maesa punika sanadyan kewan agêng, nanging bêbudènipun kêndho, dipun punapak-punapakakên dening manungsa namung sarwa miturut, botên wontên titikipun gadhah watak galak, jalaran saking kawontênaning kewan kados makatên punika, tumraping durjana kewan, gampil sangêt anindakakên kadurjananipun.

Kacariyos ing sadèrèngipun taun 1928 kawontênanipun kadurjanan kewan ing Sumba kathah sangêt, tindakipun kadosdene nekad, botên mawi èrèp dhatêng ingkang gadhah, ujug-ujug inggih lajêng dhatêng anggiring kemawon. Tindak ingkang kados makatên wau ngantos adamêl girisipun tiyang ingkang sami gadhah, môngka kala samantên, para raja ing ngriku botên rukun. Upami wontên kadurjanan rajakaya ingkang tuwuh ing wêwêngkonipun satunggaling raja, lajêng malêbêt dhatêng wêwêngkoning raja sanès, inggih lajêng ical larinipun, tiyang ingkang kecalan botên sagêd ngudi katrangan utawi milênggahakên prakawis. Nanging sarèhning tuwuhing kadurjanan ingkang kados makatên wau botên pilih panggenan, dados satunggal-satunggaling raja wau inggih angraosakên susah, awit sami ngraosakên manggih kapitunan. Lan ugi lajêng mangrêtos, bilih ubaling kadurjanan ingkang kados makatên punika botên sanès namung jalaran saking botên rukuning para raja, awit manawi wontên prakawis makatên wau lajêng botên amraduli. Badhe kasambêtan.

[Grafik]

Para wanita ing Surabaya ingkang anjênêngi pambikakipun pamondhokan wanita: Perlindoengan Peladjar Pemoeda Istri ing Irisstraat 5 Surabaya. Nyonyah Sudirman (ciri X) masrahakên pakaryan dhatêng Nyonyah Gunawan Mangunkusuma (ingkang rasukan cêmêng.

--- 1073 ---

Rêmbagipun Garèng lan Sêmar

Bab Imigrasi

(Sambêtipun Kajawèn nomêr 65)

Garèng: Ambanjurake aturku ing ngarêp ing bab kasusahane wong-wong Jawa sing padha pindhahan nyang tanah sabrang. Kajaba sing wis tak aturake ing ngarêp, isih ana manèh, ma. Kaya ta: wong Jawa kuwi umume agamane Islam, anak-anake iya kudu ditêtaki. Sanadyan nêtaki kiyi jênêng sunat, nanging nèk tumrape bôngsa Jawa pancèn diprêlokake bangêt. Apa imigrasi kiyi anggalih anane dhukun supit aliyas bong. Lumrahe ora, sing digalih mung waras lan kuwate wong-wonge sing padha pindhahan, prêlune nèk waras lan kuwat mau, panyambutgawene dadi bisa pêthêl sarta pêng-pêngan, dadi sing digalih kang nomêr siji: bisane awèh kauntungan sing sasayahe.

[Grafik]

Sêmar: Aku iya ngakoni, yèn anane imigrasi kuwi têmtune iya ana panjôngka golèk kauntungan, nanging kang dadi kabutuhane wong-wong sing padha pindhahan, mêsthine iya dipanggalih. Wis mêsthi ta barang anyar kuwi ora tumuli bisa sampurna kaya sing wis lawas, nanging kiraku ingkang wajib iya ora lèrèn-lèrèn anggone tansah budidaya bisane nyukupi apa kang dadi kêkurangane mau. Kaya ta: dhukun supit, kuwi lawas-lawas iya mêsthi dianani.

Garèng: Iya, lawas-lawas, diêntèni nganti bocah-bocahe padha brêngosên lan jenggotên. Mêngkono uga ing papan pindhahan kuwi, apa ya diprêlokake dianani mêsjid utawa langgar. Iya bênêr, yèn umume wong Jawa kuwi ora pati mrêlokake bangêt mênyang agamane, nanging antarane wong samono kuwi rak iya akèh bae sing padha nglakoni sêmbahyang limang wêktu, dadi sing pancèn padha ambutuhake nyang mêsjid utawa langgar mau, apa iya mung arêp diêjorake cikbèn wong-wonge padha nyêmbah brahala.

Sêmar: Sajake Garèng kiyi mung arêp nacadi bae. Mêngkono uga ing bab iki, Nala Garèng, iya lagi dadi panggalihane ingkang wajib.

Garèng: Ana manèh, ma, sing uga ora ngapenakake, lan pantês bangêt yèn tumuli enggal-enggal [engga...]

--- 1074 ---

[...l-enggal] diowahi. Yaiku mangkene: aku krungu kabar, yèn ing panggonan-panggonan pindhahane wong-wong Jawa ing tanah sabrang kuwi wis padha dikèki sêkolahan, iki mula iya andadèkake lêga lan bungahing atiku, awit kang mangkono mau, ambuktèkake, yèn ingkang wajib amanggalih têmênan marang ajuning wong-wonge. Nanging ... lo, kok iya mêksa ana nanginge ... . ing sêkolahan-sêkolahan mau, sanadyan murid-muride mèh kabèh bôngsa Jawa, ing kono ora diwulangake basa Jawa. Hara, apa kiyi dudu pranatan sing dhoglog bangêt. Êmbuh yèn ing kono pancèn ana pangajab, supaya ing têmbe lalia marang asline. Nèk mêngkono jênêngane bae pisan dilihi, upamane dikèki: dhatuk apa sutan, ora-orane iya: ênèng utawa acêk ...

Sêmar: Wiyah, sing loro pungkasan kuwi rak sêsêbutane wong wadon bôngsa Sundha. Mungguh anane ing sêkolahan-sêkolahan mau ora diwulang basa Jawa, kiraku mung amrih kapenake bae. Awit, kowe dhewe rak iya wêruh, ta, yèn wong-wong sing padha pindhahan nyang tanah sabrang kuwi ora mêsthi mung bôngsa Jawa thok bae, nanging iya ana wonge Sundha, Madura, lan liya-liyane manèh. Nèk ing sêkolahan kono diwulangake basa Jawa, têmtune bôngsa liya-liyane iya banjur anjaluk diwulang basane dhewe-dhewe, mêngko rak iya banjur repot aliyas kocar-kacir têmênan. Mulane ing sakawit iya ora diwulang basa Jawa dhisik. Nanging pracayaa nyang aku, suwe-suwene ing kono, yèn pancèn dianggêp prêlu, utawa manèh wong-wonge têtela padha ambutuhake, basa Jawa iya mêsthi diwulangake.

Garèng: Wèyèh, rama kiyi kok mêsthi ana bae sing dadi wangsulane. Saiki ana manèh sing andadèkake rugine tanah Jawa, jalaran saka anane imigrasi kuwi, yaiku: sudane cacahe wong lanang lan wong wadon sing padha kuwat nyambut gawe. Wis lumrah ta, rama, yèn wong-wong sing dipindhahake nyang tanah sabrang kuwi mêsthine iya sing kuwat-kuwat, sing waras-waras. Nèk sing wis jompo-jompo, utawa sing awake wis karêpyêk-karêpyêk, têmtune imigrasi iya ora bakal gêlêm nganggokake. Wusanane, yèn anane imigrasi kuwi banjur digêdhèkake têmênan, rak bisa kalakon ta, tanah Jawa kuwi isine mung wong-wong sing wis kèri ngumbah bae, aliyas isi uwong-uwong sing umur-umurane wis ... jam papat jlang-jlangan. Hara, iki apa ora bakal andayani dadi sudaning karaharjaning tanah Jawa umume, lan nyuda pamêtuning têtanèn.

Sêmar: E, omonganamu sing mangkono kuwi, mungguhing aku kok ora mèmpêr. Sanadyan imigrasi digêdhèni dikaya ngapa, kiraku iya ora bisa, nèk nganti kaya unimu mau. Nèk miturut panêmuku, anane imigrasi kuwi ora andayani apa-apa marang kaarjaning nagara lan pamêtuning têtanèn. Awit kaanane têtanèn ing tanah Jawa kuwi, pancène wis dikatogake têmênan, didandani manèh kiraku wis ora bisa. Dadi sanadyan sing anggarap sawah diêlongana utawa diwuwuhana: kiraku pamêtuning têtanèn, [têta...]

--- 1075 ---

[...nèn,] iya ora bisa suda utawa mundhak. Katêranganaku sing mangkene kiyi anocogi karo katêrangane dhepartêmèn lanbao, anggone anyêtitèkake ing panggonan 29 iji, ing bab gêgayutane wong anggarap sawah karo panenan lan olah-olahaning têtanèn, dene karampungane panitipriksa mau, wis têtela, yèn gêdhening panenan kuwi ora gumantung marang sing padha anggarap sawah, nanging gumantung nyang kaananing irigasi, utawa kaananing môngsa udan. Tuwan Dr. F.v.d. ELST ing taun 1926 wis tau nglêbokake karangan ing Koloniale studien, agawe pêpandhingan pamêtuning lêmah rata-ratane ing sajêroning sataun-taune, yaiku saka taun 1879 tumêkane taun 1887, dipandhingake karo saka taun 1914 tumêkane taun 1923, kuwi sudane saka 27 nganti têkan 24,4 pikul. Iki padhane suda 2,7 pikul, utawa 10% ing dalêm sabau-baune. Lo, sudan kang mangkene kiyi mung tumrape paresidhenan kang biyène diarani paresidhenan: Kêdhu. Dene tumrape tanah Jawa umume, sudane mau saka 25,1 nganti têkan 23,6 pikul, dadi ing dalêm sabau-baune ana sudan 1,5 pikul utawa 6%.

Garèng: Wadhuh, rama, le apil kathik kaya apale karo jênêng-jênênge; dèngkèk, kucing, tambur, plênthi, kasut ... .

Sêmar: Lo, kok banjur nyandhak jimate para sêpuh. Wis, wis, tak banjurne katêranganaku. Pamêtu kaya sing wis tak kandhakake ing ngarêp mau, nèk dipandhingake karo pamêtu ing taun-taun kang pungkasan kiyi, têtela bangêt, yèn pamêtune sajêrone taun 1920 tumêkane taun 1928 sajake iya arêp suda manèh.

Garèng: Nèk tak gagas-gagas, ma, kabèh sing wis kok dhawuhake nyang putramu kiyi, mungguh rugi lan kauntungane imigrasi, tumrape wong-wong Jawa sing padha pindhah nyang tanah sabrang, apadene tumrape tanah Jawa umume, kok iya akèh bathine katimbang rugine. Nanging kanggone dina kiyi, kaya-kaya rêmbugane wis cukup samene, liya dina bae padha dibanjurake manèh.

Sumbêr Toya Bêntèr

Ing nginggil punika gambar sumbêr toya bêntèr ing Kêrinci Hulu, Sumatrah. Sumbêr wau tanpa kêndhat tansah kumukus, tuwin ambêlêkuthuk umob. Saking bêntèring toya, tiyang ngantos sagêd anggêgodhog, kados ta: tigan, jagung, tuwin sanès-sanèsipun sami sagêd matêng, botên beda kados dipun godhog ing toya ingkang dipun latoni.

--- 1076 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah

Warga rad Indhia enggal.

[Grafik]

Paduka Tuwan L.H.W. van Sandick gupêrnur ing Sumatra Wetan, ingkang kawisudha jumênêng warga rad Indhia.

Griya panggulawênthah nagari.

Kawartosakên, bilih griya panggulawênthah nagari, ing Bandhung, ingkang cêkap dipun ênggèni tiyang 250 tumrap lare jalêr. Ing salêbêtipun 14 dintên malih badhe wiwit nampèni lare-lare, ingkang dipun wastani larening parentah.

Kawartosakên malih, bilih ing taun 1931 ugi badhe wontên griya kados makatên partikêlir kalih panggenan, saking ada-adanipun golongan Katolik, kintên-kintên badhe manggèn ing Prabalingga tuwin Sukabumi. Bab punika tumrap rêmbag parentah ing polêksêrad, badhe ambiyantu sacêkapipun.

Sumbêr lisah mawa racun.

Wontên pawartos saking Bojanagara N.K.P.M. sampun tigang taun punika ngêbur siti ing dhusun Ngrunut, Kunduran, ing sakawit ngêdalakên latung. Sampun sawatawis dintên ing wanci dalu ngêdalakên angin tuwin toya asin, mawi nyêmprot, inggilipun antosngantos. 30 mètêr, mawa swara gumuruh. Sarêng toya wau mili anjog ing lèpèn, wontên maesa kêkalih ngombe toyanipun, sami pêjah. Sarêng kapriksa, têtela toya wau mawa racun. Ingkang wajib lajêng andhawuhakên, ngawisi ngombèkakên rajakaya ing lèpèn, saha sumuripun lajêng dipun tutupi.

Pirantos nyorakakên swara.

Masjid ing Surakarta mêntas nyobi pirantos nyorakakên swara (luid sprekers) 9 iji, 6 manggèn ing golongan jalêr, 3 ing golongan èstri. Pinanggihipun migunani sangêt.

Sawung Muhamadiyah ing polêksêrad.

Pang Muhamadiyah ing Batawi gadhah sêdya ngawontênakên wakil ing polêksêrad, ing taun 1931. Ing sapunika apdhèling bêstir ing Batawi sêrat-sinêratan kalihan apdhèling bêstir ing Ngayogya, ing pangintên bab wau badhe dipun condhongi. Nanging bab pratelan ingkang dipun sawungakên dèrèng kawartosakên.

Propesor Dr. C.A. Verrijn Stuart.

Kala Minggu kapêngkêr Prof. C.A. Verrijn Stuart guru pamulangan luhur ing Utrecht, ingkang badhe dados wêwakil nagari Walandi ing konggrès bab ekonomi ing Jêpan, ing sapunika nuju anjajah saindênging tanah Jawi laminipun tigang minggu, lajêng badhe bidhal dhatêng Jêpan, anjênêngi konggrès.

Opsêr tiyang siti.

Kawrat ing bêslit tanggal 3 Agustus, kawisudha dados litnan pangkat kalih ing Indhia, Tuwan Suwardi, Muhamad Sudibya tuwin Sutapa.

Sêrat kabar Pandhawa dèrèng sagêd mêdal sabên dintên.

Kados ingkang sampun kawartosakên, kalawarti Pandhawa ing Bandhung badhe kapindhah dhatêng Batawi, saha badhe kadadosakên sêrat kabar padintênan, nanging jalaran wontên pambêngan, namung badhe kawêdalakên kaping tiga ing dalêm saminggu. Nanging miturut pawartos sanèsipun, ugi dèrèng sagêd namtokakên, amargi dèrèng angsal kantor pangêcapan ingkang sagah ngêcap.

Nanggulangi bêbaya candu.

Sampun sawatawis dintên, ing ngriki kadhatêngan Tuwan Chauvin pangagênging pabean ing Cochin-China tuwin Tuwan Bruchaut insinyur ngèlmi pamisah, prêlu sami badhe ngrêmbag bab wigatos. Miturut pawartos, badhe nyinau tumindaking tatanan tuwin caking damêl [damê...]

--- 1077 ---

[...l] pakaryan candu ing ngriki, salajêngipun badhe wawan rêmbag kalihan para pangagêng ing ngriki murih sagêd lêlintonan katrangan ing bab padagangan candu tuwin sabangsanipun.

Pamulangan sontên tumrap rakyat ing Mèstêr Kornèlês.

Pamulangan Muhamadiyah ing Mistêr Kornèlês mêntas kangge parêpatan ambikak pamulangan sontên, kathah ingkang sami mêdhar sabda mêmuji lulusing adêgipun pamulangan, tuwin sêsorah ingkang migunani tumraping para murid. Ing sapunika sampun wontên murid 52. Ingkang kawulangakên ing ngriku basa Walandi, bukodhêng, kursus A.B.C. tuwin basa Inggris. Arta bayaran tumrap K.E. bukodhêng tuwin basa Inggris f 2.50, tumrap basa Walandi f 1.50, kursus A.B.C. f 0.50 ing dalêm sawulanipun. Ing dalêm saminggu sinaunipun kaping 3, Salasa, Kêmis tuwin Jumuwah, wiwit jam 8 dumugi jam 1/2 10 dalu.

Para murid Bestuursschool ambiyantu padamêlan cacah jiwa.

Wontên pawartos, bilih parentah amarêngakên dhatêng para murid Bestuursschool ambiyantu padamêlan cacah jiwa tumrap Batawi.

Pindhahan komunis.

Pakunjaran ing Pamêkasan punika kapetang têlênging panggenanipun tiyang golongan komunis, ingkang sami tumut damêl ura-uru kala ing taun 1926. Nanging sarèhning pakunjaran wau sapunika badhe karembak, têtiyangipun sami dipun pindhah dhatêng Bahrawa, yasan enggal. Ing sapunika sampun ngangkatakên tiyang 50, kanthi bêbêktan mêsin dondoman 260 tuwin pirantos nênun.

Kursus musik.

Saking rekadayanipun Tuwan Supratman, jurnalis ing Batawi, sapunika ngadani ngêdêgakên kursus musik, manggèn ing Gang Têngah, caraning nyinau ngangge gagrag enggal, sapunika sampun wontên tiyang 11.

Têtêp yuswa 50 taun.

Ing wêkdal punika ing pundi-pundi sawêg upyêk nindakakên tatanan pahargyan yuswa dalêm Sri Bagendha Kangjêng Sri Maharaja Putri têtêp 50 taun, ing tanggal 31 wulan punika. Mirid wontêning pawartos, pahargyan punika langkung agêng tinimbang wiyosan padatan.

Mulo partikêlir.

Kawartosakên, ing sapunika ing Surabaya sampun wontên Mulo partikêlir tigang panggenan, saking ada-adanipun tiyang siti piyambak, inggih punika Mulo Taman Siswa, ing Kranggan Mulo Siswa Utama ing Jagalan tuwin Mulo-Islam-Onderwijs-Instituut ing van Deventerlaan sadaya sami majêng.

Asiah.

Ura-uru bab sade sarêm.

Ahmedabad 12 Agustus (Aneta-Nipa). Wontên tiyang 74 sami dipun cêpêngi jalaran sami sade sarêm ingkang dados awisan. Tuwuhing pasulayan pinanggih kala para prajurit mardika nalika sawêg sami baris kalihan sade sarêm ingkang dipun surung ing grobag surungan, grobag wau lajêng dipun rubung ing tiyang kathah, wusana lajêng nuwuhakên pasulayan, kathah prajurit mardika nandhang tatu. Pulisi sanadyan migunakakên dêdamêl, nanging kuwalahên ngundurakên têtiyang ingkang sami ngalêmpak wontên sangajênging panggenan pulisi.

Pêpêrangan ing Santung.

Syanghai 13 Agustus (K.P.). panêmpuhipun mêngsah ing Lunghairilwe anggêgirisi, Sang Kai Sèk andhawuhakên dhatêng Liyu Sèk ambidhalakên wadya kangge ambiyantu wadya nagari ing paprangan, nêmpuh wadyanipun Sungcè Yuwan tuwin Suntin Ying.

Campuh ingkang anggêgirisi pinanggih ing sakubênging Kwètèh tuwin Poko.

Golongan Jêpan martosakên, wadya Sansi sagêd ngrêbat Taiyan malih. Dene Pucoyi andhawuhakên dhatêng wadyanipun, supados ngrêbat watês-watês malih salêbêtipun tigang dintên. Nanging Ciyang Kwangna tuwin Saiting Kai sagêd ngêpang wadya Sansi kalih golongan ingkang wontên ing Tayan. Panêmpuhipun wadya nagari sisih kiwa tumrap Kaiso kalajêngakên. Syang Kai Sèk nêtêpakên, Sènsèng dados litêndhih wadya nagari sisih têngên tumrap Cinpurilwe, nêmpuh Tinping San.

Pêpanggihaning panuntun.

Bombay 13 Agustus (Aneta-Nipa-Radio). Sang Gandi kalihan Nehru-Vallabha Patel tuwin Naidu juru ngrumpaka wanita, sampun sami sagêd rêrêmbagan ngantos gangsal jam, wontên ing pakunjaran Poona, nanging rêmbagipun punapa dèrèng kasumêrêpan.

Eropah.

Napels 14 Agustus (Aneta-Nipa). Wontên lesus nêmpuh kitha ngantos ngaburakên wuwunging griya-griya, lajêng andhawahi têtiyang lumampah ing margi. Wontênipun kasangsaran ingkang pinanggih, tiyang pêjah 4 tatu 70. Ingkang katênggêl karisakan ing pêkên ingkang rame.

Pangeran Takamatsu.

Den Haag 13 Agustus (Aneta-Nipa). Pangeran Takamatsu bidhal dhatêng Bremen, dipun dhèrèkakên dening Tuwan Beelaerts van Blokland.

Wangsulan saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 105 ing Surakarta. 1 Dulkangidah Wawu 1825 dhawah dintên Salasa Kliwon, tanggal kaping 14 April 1896.

Lêngganan nomêr 3204 ing Madiun, V.A. taun 1919 sampun botên wontên.

Lêngganan nomêr 1300 ing Pugêr. Bale Pustaka kasade Wetboek, rêgi f 2.50 V.A. kêdah bayar rumiyin f 12.-

--- 1078 ---

Wêwaosan

Sêrat Ramayana

8.

[Maskumambang]

lan anômpa kanthi sukur ing dewadi / dene pinaringan / kang suka tanapi sêdhih / kang cinadhang ing manusa //

marma janma tan wajib lamun anggusthi / tibaning lêlakyan / awit lamun dèn taliti / tan pisan bangkit wêruha //

tiwas-tiwas nuwuhkên samaring ati / ing bêbasan ngrusak / têtêping punang pangèsthi / têmah wigar wèh pituna //

undurira Sang Rama sowan sumiwi / mring Dèwi Kosalya / ingkang wus dangu anganti / sinewa para parêkan //

dupi uning praptaning putra sang dèwi / angawe kang asta / Sang Rama nulya ngabêkti / trênyuh tumanêm mring driya //

sang adèwi nulya ngrangkul putra ririh / ing galih karasa / anon ring netyasmu kingkin / wêkasan têtanya warta //

kaya paran mungguh wartanira kaki / gyanta tinimbalan / arsa jinênêngkên aji / apa uwus paripurna //

alon matur Sang Rama aswara ririh / kaparênging dewa / mangkya dèrèng nêmbadani / amaringkên kanugrahan //

miwah ulun jatinira tan pinasthi / wênang jumênênga / dados nata wontên ngriki / kang winênangkên Barata //

malah ulun ing mangkya pinrih sumingkir / kesah saking praja / winalêran datan kêni / ngambah praja ing Ayodya //

dhinawuhan têtêp manggèn ing wanadri / araras têtapa / kongsi kawan wêlas warsi / pinrih bidhal sanalika //

dhuh-dhuh ibu ulun kaparênga nuli / tadhebadhe. tilar praja / ywa pisan karasèng galih / kantuna rumênggèng pura //

ing sakala Dèwi Kosalya tan mosik / ing tyas wus karasa / yêkti datan wontên malih / sing tuwuh ing paracidra //

mung sang dèwi tan pisan-pisan katitik / rênguning wardaya / malah angêngimur nuli / rinaras amulang putra //

dhuh-dhuh kulup sira aywa pisan sêrik / awit jatinira / nata iku aran wajib / wênang niksa myang mranata //

lawan manèh sri nata ramanta yêkti / wajib sira nuta / apa dhawuhe tumuli / luput yèn sira lumuha //

yogyanira sira tumindaka nuli / ingsun mung mêmudya / muga winongwong dewadi / mêmayu rahayunira //

risang Rama nulya mundur nyuwun pamit / laju lampahira / maring padalêman nuli / wêwarta mring Dèwi Sita //

kacarita sang dèwi wus dangu nganti / praptanirèng raka / dènnya jumênêng narpati / ambawani ing Ayodya //

mung sang dèwi tansah karaos ing galih / raos tan sakeca / amêngku samar kapati / sang dyah panglocitanira //

paran baya rasaning tyas ingsun iki / anggung mêlang-mêlang / nyamarkên mring gurulaki / ingsun kongsi tan anduga //

tan antara Sang Rama prapta tumuli / tidhêm tan nyabawa / surêming netya katawis / kadi kandhuhan duhkita //

sang dyah mulat linut sarasèng tyas tistis / dene ingkang raka / tan pisan katon katitik / ngadi busanèng narendra //

sang sudèwi nulya atêtanya aris / paran sinatriya / dene ing sêmu katawis / katawêngan ing sungkawa //

kaparênga lajêng awêwarta gusti / mring pawonganira / punapa kang anjalari / jarwaa ingkang sanyata //

punapa ta gusti amangguh pawarti / kang tan wèh pirêna / dene ing sêmu nêrusi / surêm kucêm kawistara //

duk miyarsa Sang Rama alon mangsuli / dhuh pêpujan ingwang / wruhanira ingsun yayi / kadadak antuk dêduka //

kang arasa abot tanpa pindhan yayi / lara sèwu lara / angalumpuk dadi siji / ingsun kadi tan kuwawa //

dhuh-dhuh yayi baya parênging dewadi / ingsun pan pinêksa / pisah lan sira sakiki / kongsi kawan wêlas warsa //

tuwuhing kang lêlakon mangkene iki / saking karsanira / jêng ibu Dèwi Kekèyi / kang wus pinarêngkên nata //

kang pangangkah amrih Barata gumanti / sumilih jêng rama / awit sri nata wus janji / nêtêpi sêtyèng ubaya //

Dèwi Sita duk myarsa warahing laki / sang satriya Rama / ing sêmu kadi tan gati / nanging katon analôngsa //

nulya nguncupakên astanira kalih / lir traping mêmuja / pêlênging netra nêrusi / tumuju marang Sang Rama //

linut atur araras pangarih-arih / dhuh gusti kawula / mênggah wajibirèng èstri / kêdah sêtya maring priya //

datan kêni pisah ing salami-lami / nadyan tumimbala / kang kakung tumitis malih / tan pisan nêdya pisaha //

dene ulun kalawan paduka gusti / tan wontên kawasa / janma kang misahkên yêkti / ing salami nêdya nunggal //

sanadyan ta paduka pinêksa anis / lêlana ing wana / kawula nêdya tut wuri / andhèrèk saparan-paran //

datan pisan ulun darbe cipta ajrih / ngambah wanawasa / yèn anut paduka gusti / datan darbe kasamaran //

risang Rama datan kêndhat ngarih-arih / marang Dèwi Sita / mrih kantuna anèng puri / aywa mijil saking praja //

[Mijil]

sinatriya Rama ngandika ris / linut ing pasêmon / sarwi ririh sumèh ngandikane / sira yayi ywa anut ing laki / kang nandhang kaswasih / sangsara nèng purug //

wruhanira bêbayèng wanadri / samar sagon-ênggon / sato galak anggung wèh samare / sarpa-sarpa samya wiswa mandi / kang pasitèn curi / mung sarwa pakewuh //

sang yuputrisuputri. datan pisan kongkih / malah adrêng kasok / nêdya anut raka saparane / aturira sarwi linut tangis / kadiparan gusti / yèn dasihe kantun //

kasangsayan sajroning wanadri / ulun sampun ngrêtos / nanging yèn ta paduka ing têmbe / anêmahi papa nèng wanadri / sintên ta kang uning / tanapi kang labuh //

yèn ta ulun karia nèng puri / luhung nêmah layon / dene apês têmên kawulane / tan umèngêt sangsaraning gusti / marma ulun naming / adrêng atut pungkur // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1079] ---

Ôngka 68, 27 Mulud Taun Jimawal 1861, 23 Agustus 1930 Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50. Bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Lèpèn Tambêsi, Aprikah Kidul

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun garojogan [...]Naskah rusak.

--- 1080 ---

Kawruh Jawi

Kawruh Padhalangan

V. Kawontênaning Ringgit.

(Warnining golongan)

Sambêtipun Kajawèn nomêr 66.

Salya, Basudewa, Sêtyajit, golongan kadhêlèn tanggêl (Katongan) suwaranipun kasrapatakên laras jôngga, kêdalipun antêp, dhawahipun sêrêng.

Baladewa, golongan kadhêlèn. Suwaranipun: ladak, sêrêng sêmu soso.

Dursasana, golongan plêlêngan (gusèn) suwaranipun: sora braok, ragi agêng, kêdalipun lêga, bandhol, gadhah gujêng, sajak sêngguh tuwin grêgêt.

Burisrawa, sami lan Dursasana, mindhak bandhol, botên grêgêt.

Sêtyaki, golongan kadhêlèn. Suwaranipun: sêrêng antêp.

Udawa, golongan kadhêlèn. Suwaranipun: sasêtyaki, nanging kadamêl kêmba.

Krêsna, golongan liyêp, lanyapan. Suwaranipun: alit lan landhung, ambranyak kêdalipun micara, sumèh sêmu sêmbrana, kêrêp gumujêng. (Yèn pinuju jêjêr sapisan, suwara ragi luruh).

Karna, golongan liyêp, lanyapan. Suwaranipun: alit cêkak, ambranyak, kêdalipun sêrêng, kaladuk lêngus.

Sômba, golongan liyêp, lanyapan, suwaranipun: langkung alit, cêkak, ambranyak, kêdalipun sêmbrana, sumèh, kêrêp gumujêng.

Suwônda, (sabrangan alus) liyêp kagok luruh. Suwaranipun ragi agêng, kêdalipun mèmpêr Karna (Krêna),Krêsna. mindhak grêgêt sêrêng.

Rukmarata, Trusthajumêna, branyakan putra, liyêpan. Suwaranipun: alit, sami kalihan Sômba, landhung, kêdalipun bodho.

Nakula, branyakan putra, liyêpan. Suwaranipun: ragi kêndho, kêdalipun sarèh, ragi bodho.

Sadewa, branyakan putra, liyêpan. Suwaranipun: kêncêng, kêdalipun micara, gadhah gujêng, sêmu sumèh.

Wisagêni, branyakan putra, liyêpan. Suwaranipun: alit piyambak, ladak sêmbrana, sumèh, kêrêp gumujêng.

--- 1081 ---

Arya Prabu, branyakan kagok luruh, liyêpan. Suwaranipun: Sami kalihan Suwônda, kêdalipun sêrêng.

Pandhita Durna, kincêran, gusèn. Suwaranipun: alit kados branyakan, kêdalipun trampil radi soso, sêmu pelo, mawi ngêlik. Dhawahipun antêp, kêrêp anjêngèk.

Aswatama, kadhêlèk.kadhêlèn. Suwaranipun: sa-Udawa, namung ragi ganas.

Jayajatra, plêlêngan. Suwaranipun: sa-Bomantara, namung radi ganas.

Patih sabrang, plêlêngan, gusèn. Suwaranipun: sa-Jayajatra namung mindhak sêrêng.

Danawa ratu, plêlêngan. Suwaranipun: agêng, kêdalipun sarèh, sêmu ngêdên, sêrêng, sèlèhipun anjêngèk.

Danawa patih, suwaranipun mindhak agêng, kêdalipun mêndhak sarèh, lagunipun sami lan ratu.

Danawa pandhita, sami lan patih, kêdalipun mêndhak lan sarèh, lagunipun sami.

Danawa rucah, suwara alit, kêdalipun ragi soso, ugi ngêdên, sèlèhipun anjêngèk.

Danawa èstri, suwara alit, kêdalipun trampil. Mawi sajak sèlèhipun sêrêng, grêgêt.

Danawa nyarèng (cakil), suwara alit (sapêrèng, ndhitaPandhita. Durna), mawi sajak dhawahipun antêp, sêmu sêngguh, botên pelo.

Danawa bindhêng, suwara gumrênggêng (ngirung) kêdalipun sarèh pêgat-pêgat (tlêdhuk-tlêdhuk) sèlèhipun ampang, majêg.

Danawa kucir, suwara alit, kêdalipun alot, ngêdên, elo, sèlèhipun anjêngèk.

Brêkasakan, suwaranipun warni-warni (mawi wujudipun) wontên ingkang pantês agêng, alot. Wontên ingkang alit kêmricik.

Ringgit èstri.

Banowati, lanyapan. Suwara: gandhang, kuntap, gandês.

Erawati, lanyapan.§ Mirid wandaning ringgit ing Surakarta, kalih pisan botên kados makatên. Red. Suwara: gandhang ragi jêtmika.

Surtikanthi, lanyapan kagonkagok. luruh. Suwara: ragi luruh, jêtmika.

Jêmbawati, lanyapan.§ Mirid wandaning ringgit ing Surakarta, kalih pisan botên kados makatên. Red. Suwara: gandhang, jêtmika.

Rukmini, lanyapan kagok luruh. Suwara: gandhang kagok luruh.

Sêtyaboma, luruh. Suwara: luruh.

Wara Sêmbadra, luruh. Suwara: luruh ragi antêng.

Wara Srikandhi, lanyapan. Suwara: gandhang, kuntap, gadhah ladak. Badhe kasambêtan.

S. Purwawiyata. Wêlèri, K. 3018.

--- 1082 ---

Bab Tanêman

Bêndha

Para maos kados ugi botên kêkilapan, bêndha punika namanipun têtuwuhan wana, botên limrah tinanêm dening tiyang, kêgolong bôngsa kajêng taun, wujuding wit, godhong, sêkar dalah wohipun saèmpêr kluwih, witipun sagêd agêng sangêt, kenging kadamêl balungan griya, baita, dandosan tuwin pirantos sanès-sanèsipun.

Miturut kapitadosanipun têtiyang dhusun, kathah ingkang sami sirik migunakakên kajêng bêndha kangge bêthak, kacariyos murugakên sok kadhatêngan sawêr, makatên punika lêrês lêpatipun nyumanggakakên. Kajawi saking punika manawi ngambah ing wana, godhong bêndha punika sangêt dipun eringi dening têtiyang ingkang sami gadhah piandêl, inggih punika botên kenging kangge kêkudhung, upaminipun kêjawahan utawi kabênteran, sasagêd-sagêd sampun ngantos migunakakên godhong bêndha, ngupadosa gêgodhongan sanèsipun, awit kacariyos murugakên asring kaprêgok sima. Malah wontên ingkang kojah, manawi sima badhe mamôngsa tiyang, punika ngilo godhong bêndha rumiyin. Yèn tiyang wau katingalipun wontên ing salêbêting wêwayangan awarni sato, lah punika ngalamat badhe dados mêmangsanipun. Makatên tuwin sapanunggilanipun, ewadene mênggah cêcriyosan ingkang kados makatên wau sadaya, saking pamanggih kula piyambak kêgolong nama gugon tuhon. Mila kula sêrati ing ngriki, bokbilih wontên prêlunipun kangge cocogan.

Sasampuning nyariyosakên bab ingkang gêgayutan kalihan gugon tuhon, sapunika nyariyosakên paedahipun woh bêndha. Woh bêndha punika yèn taksih nèm (pêntil) warninipun ijêm, yèn ragi sêpuh jêne, yèn sampun matêng jêne sêpuh (sulak abrit), gêpokanipun êmpuk, ing nglêbêt kathah klamudanipun, raosipun lêgi, asring dados têdhanipun sato kewan, kados ta: kêthèk, budhêng, luwak, garangan, bajing, landhak lan sapanunggilanipun. Samantên ugi para lare angèn kathah ingkang sami pados uwoh bêndha dhatêng wana utawi rêrungkudan ingkang wontên witipun bêndha.

Isi-isi wau sasampuning ical kalamudanipun, kaklêmpakakên, kaêpe sawatawis, lajêng kagorèng ing sangan, raosipun gurih, kathah tiyang ingkang doyan, malah kêrêp kemawon kasade kadosdene nyade kacang gorèng.

Tiyang ingkang padamêlanipun mikat pêksi prêkutut utawi sanèsipun, adhakan ambêtahakên sulut bêndha, pamêndhêtipun makatên: wit bêndha ingkang katingal subur, punika dipun cècèki mubêng, trêkadhang ngantos mènèk ing êpang, makatên ugi ing oyod-oyodipun, kakèndêlakên sadalu, enjing dipun endhangi, cecekan wau katingal sampun sami mêdal talutuhipun kênthêl pating parênthêl, [parênthê...]

--- 1083 ---

[...l,] punika dipun pêndhêti mawi cuthik, kalêbêtakên ing wadhah mawi toya tawa. Yèn sampun angsal kathah, talutuh wau lajêng kaulêt mawi talutuhipun oyod ragèn ngantos matêng, prêlunipun samôngsa pulut bêndha wau dipun pigunakakên kangge mikat, sanajan kabênteran sadintên muput botên badhe sagêd andalèdèk. Kosokwangsulipun, manawi tanpa kaulêt ing oyod kajêng ragèn, pulut bêndha gampil dados cuwèr amargi kabênteran. Dene sadèrèng lan sasampuning kangge, pulut bêndha sagêd kasimpên ngantos dangu wontên ing wadhah ingkang mawi toya.

Namung samantên kawruh bab bêndha, bokbilih kenging kangge wêwahing sêsêrêpan.

Nirrasa. Kêpanjèn - Malang.

Jagading Sato Kewan

Maesa ing Sumba

Sambêtipun Kajawèn nomêr 67.

Dangu-dangu para raja wau lajêng katuwuhan osik, prêlu sangêt kêdah sêsarêngan gadhah tindak rukun, awit inggih namung karukunan punika ingkang badhe sagêd nyirêp kadurjanan. Kalampahan, sarêng ing taun 1928 para raja sami parêpatan, angrêmbag ing bab wontênipun kadurjanan kewan. Kênthêling rêmbag, para raja wau prajanji, ing pundi wêwêngkoning raja môngka wontên tiyangipun ingkang nglampahi kadurjanan, utawi kalêbêtan durjana ingkang nêdya pados pangungsèn, raja ingkang kanggenan wau kêdah nyêpêng durjananipun, lan kêdah masrahakên dhatêng raja ingkang kêblabagan kadurjanan, wusana sami anyanggêmi, badhe sami nêtêpi janji wau.

Minôngka têtêping janji, ing sabên taun para raja wau gêgêntosan kêdah mragad maesa, mawi dipun dhatêngi ing raja sanès-sanèsipun. Tindak kados makatên wau dipun anggêp kadosdene sumpahipun, saha lajêng kalampahan sagêd tumindak kados ingkang sampun katêtêpakên ing janji, wasana kadurjanan lajêng sirêp.

Mênggah pamragating maesa mawi cara piyambak, nanging botên tilar tataning Islam, awit para raja wau sami agami Islam. Patrapipun makatên: ing sakawit maesa wau dipun kêlohi, ing kêlohan dipun lêbêti dhadhung panjang. Dhadhung wau ing kiwa têngên dipun gocèki ing tiyang kathah kadosdene mênthèng, saha ing sacêlaking maesa dipun sanggi ing tiyang, andadosakên pandhangaking maesa.

Ing sadèrèngipun maesa kapragat, mawi dipun jênêngi para raja tuwin tiyang sanès-sanèsipun. Ing ngriku kaum sampun sadhiya nyêpêng lading panjang amingis-mingis, sasampunipun mirantos, kaum lajêng angayati anggorok guluning maesa, sapisan kemawon tatas angrampungi.

Tindak makatên wau sanadyan kajêngipun ingkang nindakakên sampun absah, nanging mênggahing raos,

--- 1084 ---

ugi taksih kalêbêt tindak panyiksa.

Sapunika amangsuli rêmbag ing bab pigunanipun maesa wontên ing tanah Sumba, punika inggih botên beda kados ing tanah Jawi, kangge ulah têtanèn, prêlu mêndhêt kiyating rajakaya. Nanging mênggahing tatacaranipun beda sangêt, maesa wau botên kangge anggaru mluku, têrangipun makatên:

Para among tani manawi wiwit anggarap sabin, sitinipun dipun êlêbi rumiyin, toyanipun ngantos mêncêp-mêncêp. Manawi sakintên sitinipun sampun êmpuk, sabin wau lajêng dipun lêbêti maesa, kapurih ngicak-icak ngantos waradin, lan sitinipun ngantos dados leleran. Sasampunipun makatên, siti wau lajêng dipun tanêmi.

[Grafik]

Tatacaraning pamragadipun maesa.

Mirid tindaking têtanèn kados makatên punika, mênggah caraning pangulah siti tamtu kawon sae kalihan ingkang dipun tindakakên anggaru tuwin maluku, awit tabêting waluku lêbêt, lampahing garu sagêd maradinakên siti, tur inggih dipun tindakakên ing maesa, ingkang pancèn kawical kewan kiyat. Nanging sarèhning sampun kacara, tindak kados makatên wau inggih sampun sae.

Kados makatên mênggah kawontênanipun maesa ing Sumba.

Nyambêti cêcariyosan sanès. Ing bab tatacara ingkang kados makatên punika, tumrap sanès nagari ugi wontên ingkang nindakakên, kados têtiyang ing Palu, Sèlèbês têngah, punika patraping anggarap sabin inggih namung angicak-icakakên maesa kathah wontên ing sabin ingkang sampun dipun êlêbi, ngantos sitinipun dados lumêr.

Tumrap tiyang ingkang dèrèng mangrêtos dhatêng tatacaraning anggarap sabin ingkang kados makatên punika, saha ingkang sampun anindakakên cara anggaru mluku, tamtu botên mathuk. Sayêktosipun tindak anggarap sabin kados makatên wau ugi sampun nate dipun cobi santun gagrag sarana dipun luku, nanging ugi botên sagêd kadadosan, amargi maesa ingkang dipun trapakên ing damêl tansah ambêrot. Dene mênggahing pangintên, sagêdipun tumindak sarana anggaru maluku, inggih kêdah anggêgulang maesa ingkang dèrèng nate kangge ngêcakakên damêl kados ingkang dèrèng dipun kulinani.

Kajawi bab kangge ulah siti, maesa punika mèh limrah kacara kangge têtumbal, kados ta kangge anumbali ngêdêgakên griya agêng, sarana amêndhêm [amê...]

--- 1085 ---

[...ndhêm] sirahing maesa, kangge têtumbal kawilujêngan, tuwin sanès-sanèsipun. Malah tumraping karaton Jawi, ugi wontên wilujêngan praja ingkang sarana mawi mragad maesa, ingkang wilujênganipun nama Maesa Lawung, inggih punika mragad maesa ingkang sampun dipun wanakakên, nanging patrapipun inggih namung dipun pragad limrah kemawon, dados bedanipun kalihan ing Sumba, ing Sumba kangge tandhaning kasêtyan, manawi ing karajan Jawi kangge wilujêngan.

Malah manawi miturut cêcariyosan Jawi, sanadyan ing kina pisan, têtumbal ingkang sarana maesa punika inggih sampun wontên, inggih punika caraning têtumbal katur dhatêng Bathari Durga, ing wana Setragôndamayit. Ing pangintên, kacaranipun ngantos dumugi jaman karaton Surakarta ing sapunika.

Tumraping patrap panyiksa kewan, kados ing Sumba, punika taksih kawon kalihan caranipun bôngsa Palu manawi damêl têtumbal ambukak siti, mênggah patrapipun makatên:

Ing sakawit, têtiyang sadhusun sami urunan tumbas maesa, maesa wau lajêng dipun dhadhung gulunipun, namung logro kemawon, lajêng dipun cancang ing pathok, prêlunipun supados maesa wau sagêd polah, papan pamanggènipun wontên satêngahing latar. Sasampunipun makatên, têtiyang jalêr sadaya sami nyêpêng dêdamêl awarni klewang, sampun dipun asah mingis-mingis. Sarêng sampun dipun tangarani sarana têtabuhan, tiyang ingkang kaprênah sêpuh lajêng andhawahi dêdamêl rumiyin, dipun angkah ngèngingi badanipun maesa, lèwêg, maesa lajêng budi, wusana dipun êtut ing têtiyang sanès-sanèsipun, sami andhawahi dêdamêl, maesa ngantos tatu rojah-rajèh, malah jêroanipun sami mêdal, dene wêkasanipun inggih dipun pragad, dagingipun kabage waradin, kangge nêdha eca.

Makatên mênggah babading tatacara ing Sumba ing bab maesa, tuwin tatacara ing nagari sanèsipun ingkang gêgayutan maesa.

Tanah Priyangan

[Grafik]

Ing tanah Priyangan punika misuwur saening sawangan ingkang pinanggih saking margi sêpur. Para maos sagêd nguningani kados wujuding gambar ingkang sumandhing punika. Gambar wau mujudakên sêsawangan ing sêtatsiun Cikajang.

--- 1086 ---

Sampun ambabar Volksalmanak 1931 Jawi - Malayu - Sundha. Satunggal buku namung rêgi f 0.64 mawi almênak templekan.

Sêratipun Petruk dhatêng Garèng

Ingkang taklim.

Wiyose Kang Garèng, yèn kowe nômpa layangku kiyi, aku lagi ana ing dalême mitraku kênthêl bangêt, kang dadi wêdana ana ing Ongaran. Kêpriye kaananku ana ing Ongaran kene, liya dina bae tak caritani. Saikine aku tak ambanjurake caritaku kalane aku ana ing Sala dhisik.

Ing dina Rêbo tanggal 6 wulan kiyi, tumrape aku sawijining dina kang sowe bangêt, awit ing dina iku rasane awakku ora kêpenak babarpisan, sirahku plêng-plêngan kaya diambah slèndêr, wêtêngku pating plilit kaya lagi kêrawuhan dèn mas kolerah, dalasan sikilku bae têka pating krêjot kaya diithik-ithik dening ratuning para bubul. Tujune pondhokanaku kiyi kok nyang dalême paman lan ibuku bibi dhewe, dadi kopèn, ajaa rak bisa uga kalakon didhawuhi andhèrèkake eyang ... Yamadipati têmênan. Kang mangkono mau andadèkake prihatine sing kagungan dalêm, mulane banjur enggal-enggal utusan nimbali dhukun tukang pijêt. Wah, Kang Garèng, barêng dhukune têka, mèh bae aku klêngêr ênom aliyas sêmaput. Iya sapa wonge bae sing ora kagèt, gagasane sabên wong, dhukun pijêt kuwi, iya lananga iya wadona, sing akèh mêsthi wong kang prasaja bangêt, panganggone, sanadyan ora têmtu gombale, iya barès, jarite iya wis lungsêt, klambine sanadyan êncita, iya sing murah-murahan. Nanging ora mêngkono mungguh dhukun pijêt sing têka ing pondhokanaku mau, panganggone ngêgèt-êgèti wong tuwa têmênan. Klambine biru laut maya-maya, thik sêtêngah sutra, tapihe, êmbuh bangsaning kawung, êmbuh parangteja, aku ora pati namatake, ning isih katon anyar, kathik nganggo cênela, srêg, srêg. Kang Garèng, kowe aja ngira, yèn isih nom tur rupane mêling-mêling kaya gêlas, utawa kincling-kincling kaya gêndul. Lo, ora, mêngko kowe banjur anggagas sing ora-ora. Nèk wong-wongane, upama wêktua mono, iya wis wanci jam papat kae, nanging panganggone isih katara andhandhing, sawijing tôndha yêkti, yèn dudu wong sabaene bae. Satêkane ing ngarêpku, banjur anêpungake karo aku. Mungguh têtêmbungane mangkene: sami nêpunga kemawon, ênggih.

Ing batin aku anggagas: Gandrik, putune Kyagêng Sela, kathik kaya dara dèn ayu mênggung lagi nêpungake karo garwaning priyayi bawahe.

--- 1087 ---

Saka caritane dhewe, sanadyana dhukun pijêt, dudu dhukun pijêt sêmbarangan, nanging isih darah, isih dara dèn ayu: grès. Kala samono, upama aku ginanjar duwe buntut mono, kiraku banju kipit-kipit ngawêt bae, tur ilatku iya nganggo tak mèlèt-mèlètake barang kae. Apa manèh barêng aku krungu, yèn bayarane sapijêtan sathithik-sathithike kudu 5 rupiyah, saya anggone buyutên awakku sakojur. Mulane aku banjur gêdhêpês umatur: dara dèn ayu, sampun pisan andadosakên rêngu nampeyan, dene kula tronyok-tronyok kumawani ngaturi nampeyan, punika saking kalintuning abdi kula. Sintên kula, dene wani dipun asta ing nampeyan, mendah sapintên agênging bêbêndu ingkang badhe dhawah ing badan kula. Wadhuh, Kang Garèng, barêng tak kandhani mangkono mau, kathik mèsêm-mèsêm sarta banjur muni mangkene: botên dadi napa, idhêp-idhêp kula olèh têpungan anyar, êmpun ênggih, rèhning têng ngomah kula sêk ontên dhayoh, kula tak tumuli mulih. Sauwise banjur: srêg, srêg, lunga saka kono.

Hêm, nèk dipikir-pikir, Kang Garèng, kaanane ing donya kuwi têka warna-warna têmên. Mungguhing aku, sanadyan anaka jendral pisan, pancène iya kudu ngèlingi buruhan sing lagi dilakoni. Upamane lagi buruh dadi tukang banyu, kok isih ngêdir-êdirake anggone isih darah luhur, isih duwe sêsêbutan: radèn mas, karêpe supaya isih diaji-aji, lan didènmas dènmas, muring-muring yèn disêbut kakang, mêcucu yèn ora dibasani, lo, yèn mangkono tindake, mêngko rak kalakon kapiran têmênan, awit têmtune rak banjur ora ana wong sing wani amburuhake nyang awake. Mulane wong dadi darah luhur kuwi abot sanggane, awit kudune ora kêna mongkog yèn lagi nêmu kamulyan, lan ora kêna nalôngsa yèn lagi ginanjar sangsara.

Wis, wis, Kang Garèng, aku tak ambanjurake caritaku. Ing sarèhning ing dina iku aku lagi karasa ora kapenak awakku, aku iya banjur mung tansah angumbakarna bae, ewadene nèk dhong masane mangan, aku iya ora lali anggonku ngantêm wèlêm olah-olahane ibuku bibi, sêga liwêt lawuhe: sambêl gorèng èbi, jangan mênir, pêcêl pitik, kathik diwuwuhi: sapujagad. Dene sorene, ing sarèhning aku wis jangji luwih dhisik, aku kapêksa kudu pisitê nyang dalême Nyonyah Van den Berg, yaiku panggêdhening pamulangan normal tumrap guru wanita ing Surakarta, ing kono aku ditômpa kanthi rênaning panggalih, sarta banjur dituduh-tuduhake mungguh kaanane pamulangan mau. Liya dina yèn Kajawèn wis bisa nômpa potrèt-potrète, kiraku banjur bisa ngêmot karangan ing bab kaanane sêkolahan mau sing kanthi jalèntrèh. [jalè...]

--- 1088 ---

[...ntrèh.] Saiki cukup, tak caritani, yèn anane ing kono kabèh katon: risik, nècis, rajin, sarta ambalindrik kaya leyo.

Ulihku saka pisitê mau, kurang luwih jam 9. Wah, Kang Garèng, kala samono atiku rada bingung, arêp têrus mulih nyang pondhokan, kuwatir yèn wis kêpancal cêthing, mulane lakuku banjur anjujug mênyang sêkatenan, prêlu arêp ngisèni têlèhku. Sajêrone aku lungguh ana ing resturan angadhêpake sêga rawon, mata sapi, ombèn-ombène banyu ès, tansah ngawasake ombyake wong nonton. Wah, Kang Garèng, upama kowe bisa nêksèni dhewe, kiraku bisa kalakon banjur dhêlêg-dhêlêg kaya wong sing mêntas digondhol wewe kae. Wadhuh, hla wong pacakan têka warna-warna têmên. Ana sing klambi bayak potongan Bandhung, ana sing gêlung kondhe, suwênge panunggule mung siji, barès kurès nanging ngayang batin. Ana manèh sing gêlung gondhèl mèntèng-mèntèng, suwênge blong, klambine nganggo kuthubaru, lakune sêbrak, sêbrak, ambalarak sêmpal. Tobat, tobat, nang mripat le pyur-pyuran. Apa manèh barêng Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun têdhak ing sêkatenan, gêdhening atiku prasasat sagunung Tidhar têmênan. Jajal ing kene tak gambare mungguh têdhak dalêm mau.

Laku-lakune têdhak dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana mariksani sakatèn mau: ing ngarêp dhewe abdi dalêm urdênas manganggo klambi atelah putih jaranan, padha ngampil upacara sawatara, banjur Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana sakalihan Gusti Kangjêng Ratu Êmas, nitih oto, kasambungan para putri dalêm, banjur otobis ditunggangi para kalangênan dalêm badhaya srimpi, manggung katanggung sarta abdi dalêm kênya, pungkasane abdi dalêm urdênas jaranan manèh.

Mungguh wiyos dalêm mau, manawi dicôndra iya ngurang-ngurangi papan têmênan, kêna kacêkak, wiyos dalêm mau kaya pêpindhaning cahya rêraton ambyuk ana ing sakatenan, satêmah agawe surêming papan karamean, dening kasoran prabawaning nata kang umiyos. Lo, Kang Garèng, kang kapindhakake mangkono kuwi, jênêng ora umuk-umukan, awit saupama anjukuk saka kasulistyan, sapa kang bakal ngasorake, yèn ta saka mubyar murubing sêsotya, sapa sing bakal ngungkuli, wadhuh, sasat ngasorake lintang kang abyor ing langit.

Wis, wis, Kang Garèng, layangku tak punggêle samene bae, liya dina tak layangi manèh. Kanthi lêganing ati, kira-kira jam 10 aku mulih nyang pondhokan.

Ongaran 12 Agustus 1930.

Rayinta Petruk.

--- 1089 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Imigrasi

(Sambêtipun Kajawèn nomêr 67)

Garèng: Saiki kanggone aku wis gamblang têmênan, ma, yèn anane imigrasi kuwi tumrap tanah Jawa pancèn prêlu bangêt, apa manèh yèn ngèlingi cacah jiwane tanah Jawa kiyi tungkul mundhak-mundhak bae. Nanging aku isih durung bisa anocogi, yèn carane mindhah wong-wonge mau isih ditindakake kaya sing uwis-uwis. Ya kuwi kaya sing ditindakake dening wèrêk Dhèli umume. Hla apa mèmpêr, ingatase aku kiyi rak iya wis gêdhe tuwa, hla kok iya mèh kenyut mèlu kontrak nyang Dhèli, jalarane ora liwat iya saka manising wicarane. Mara jajal tak caritakne nyang rama kiyi, cikbèn rama sagêd manggalih mungguh patrape wèrêk Dhèli golèk wong kuwi.

Kala samono putramu kiyi lagi ginanjar dadi panji klanthung, têgêse lagi kêlanthungan ora duwe gawean. Sêtiyar pagawean nyang ngêndi-êndi, tansah tiba jêblok bae. Dhisike golèk pagawean juru tulis, nyang ngêndi-êndi tulisanaku diunèkake kêroyalên tur diwuwuhi: rada ora pati muni. Sauwise banjur sêtiyar golèk pagawean: mandhor têbu, iya ditulak, jarene kêbangêtên anggonku anjanakani, dalasan rèkês kanggo ... priyayi pènsiunan bae, kok ya mêksa ora olèh.

[Grafik]

Sêmar: E, wong sêmbrana, ana rèkês têka anjaluk dadi: priyayi pènsiunan, têgêse: bisa anganggur bae, nanging olèh blônja. Wêruha, Garèng, priyayi bisane dipènsiun kuwi, rak sauwise nyambut gawe lawase 30 taun kanthi slamêt, karêpe anggone nyambut gawe samono lawase kuwi kanthi tumêmên tur ora tau kaluputan apa-apa. Hla, minôngka gêdhening tarima kasihe nagara marang lêlabuhane, priyayi mau banjur dikon nganggur bae nganti tumêkan ajale, sarana diparingi blônja sapira mêsthine, ya iki sing diarani: dipènsiun. Wis, wis, saiki banjurna dhisik anggonmu arêp nyaritakake carane wèrêk Dhèli golèk uwong.

Garèng: Iya bêcik, ma, nanging tak pindhoni aturku ing ngarêp. Sing arêp tak aturake nyang

--- 1090 ---

rama kiyi, carane wèrêk anggone ambujuki aku kiyi. Lo, kuwi mangkene:

Rama têmtune iya ora kêkilapan mugguh rasane wong kang nganggur pirang-pirang sasi, kathik sabên dina tansah ditangisi anak bojo. Mulane iya ora kêna dipaido, yèn kala samono saka bingunging atiku, aku mèh bae ngêndhat sarana nyêmplung sumur. Tujune aku awèh wêruh dhisik, dadi banjur akèh sing padha ngalang-alangi, ajaa, rama rak wis ora kagungan putra kaya aku manèh. Dilalah, ma, sajêrone aku lagi susah mangkono mau, ana wong marani aku kôndha mangkene: lo, kok Mas Bèi Nala, punapa sami sugêng. Ngrungu omonge wong kiyi, aku rada kagèt lan iya rada bungah. Kagète sabab aku rumasa durung têpung, têka wong kiyi wis apal têmên karo jênêngku, kawuwuhan anggone ngaruh-aruhi aku gêmrapyak bangêt. Bungahe dene aku isih katon uwong, tandhane wong kiyi isih ngajèni nyang aku, isih gêlêm ngundang mas bèi barang. Sauwise nakokake kaslamêtanaku sabatihku pisan, banjur padha rêmbugan omong kosong, suwe-suwe banjur nyandhak omong-omongan ing bab angèle golèk pagawean ing jaman saiki. Pungkasane dhèwèke ngomong mangkene:

Mas bèi, kula niki salêrêse diutus daoke kula, didhawuhi madosake juru tulis. Botên prêlu pintêr-pintêr, anggêre sagêd nyêrat lan etang sampun cêkap. Wiwit namung dipun balônja f 25.- nanging pangajêng-ajênge sae sangêt, nèk pancèn têmên-têmên anggone nyambut damêl, dangu-dangu têmtu sagêd dados: komis. Eman sangêt, dene kula wontên ing ngriki botên gadhah têpangan, ingkang kenging dipun pitados kajawi Mas Nala. Mila kula nyuwun tulung dhatêng Mas Bèi Nala, manawi-manawi kagungan sadhèrèk utawi pitêpangan ingkang purun anglampahi dados juru tulis.

Wah, ma, rasaning atiku kala samono mak sênit têmênan. Iya ora susah sêdulur-sêdulur, aku dhewe iya gêlêm bangêt, mulane aku sanalika kono iya banjur gè ... ncêng canthèl rêmbug karo wong mau, yèn aku dhewe sing arêp anglakoni. Sajake wong mau katon sênêng bangêt. Calathune: inggih sukur ta sukur, yèn Mas Bèi Nala piyambak ingkang krêsa badhe anglampahi, awit kula sampun sumêrêp atèn-atèn sampeyan. Manawi makatên, mas bèi, kula aturi enggal-enggal tata-tata, supados tumuntên sagêd pangkat, jalaran daoke kula punika sêlak bêtah sangêt dhatêng juru tulis. Môngga, lo, punika pursêkot saking balônja sawulan, manawi kangge kaprêluanipun Mas Nala.

Sanalika kono iya banjur: tlètèk, ngêwèhi dhuwit aku f 25. Hara, ma, sapa wonge sing ora kelut marang têmbunge wong kiyi. Ingatase lagi thak-thakan golèk gawean nyang ngêndi-êndi tansah mulih nglanthung bae, jêbul banjur ana sing nawani pagawean sing blanjane kêna dirasakake mêngkono, wis mêsthi ta yèn aku banjur sêmranthal mèlu karo wong mau. wêruh-wêruhe yèn aku kiyi sabênêre kêna ing pèlète bôngsa wèrêk, barêng wis mèh kasèp. Nalika

--- 1091 ---

aku sumurup, yèn aku kapusan, sanalika kono aku banjur nyuwun diulihake nyang desaku. Panuwunanku mau ora kok diidini, malah aku banjur diprêsèni: kuwih bogêm nganti pirang-pirang losin. Tujune kapriksan dening bêndara kontrolir Arbeids-inspectie, oraa rak iya caklat têmênan awakku.

Sêmar: Iya pancèn bênêr omongmu kiyi. Carane wèrêk anggone golèk kuli kuwi pancèn iya kêrêp siya bangêt. Tujune saiki dening pakumpulane para ondêrnèmêng-ondêrnèmêng kuwi wis dianani imigrasi manasuka (vrije imigratie) têgêse: anggone golèk wong mau supaya gêlêm nyambut gawe nyang tanah sabrang, ora sarana dipêksa utawa dibujuk alus, nanging sing ditari mung sing gêlêm bae. Ewasamono wohe imigrasi manasuka kiyi iya durung pati agawe lêga. Awit tumêkane saiki isih tansah kêjoran dening imigrasi kaya sing wis kok têrangake ing ngarêp mau. Iya bênêr, yèn namaning wèrêk mau, ing ngêndi-êndi wis kasuwur alane, nanging jalaran saka alusing pambujuke para wèrêke, iya mêksa isih akèh bae wong-wong kang kêna kêblithuk, mulane pamujiku, muga-muga tumindake vrije immigratie mau bisaa tumuli kêturutan kayadene kang sinêjakake.

Garèng: Amin. Mêngkono uga aku, ma, iya tansah mèlu andongakake, supaya vrije immigratie kiyi tumuli bisa tumindak kanthi bêcik. Awit nèk kiraku, tumindake têmtune iya ora pati siya kayadene cara-carane wèrêk kae.

Sêmar: Lo, lo, omongmu kiyi mau têka nganggo kok èmbèl-èmbèli: têmtune iya ora pati siya. Nèk mangkono kowe isih pracaya, yèn sathithik-sathithik iya isih ana tindake sing rada siya. Wêruha, Nala Garèng, yèn saiki nagara wis nganakake pakaryan anyar, yaiku kang kok arani ing ngarêp arbeids-inspectie, kang pagaweane ngêmungake nitipriksa mungguh kaanane kaum buruh, aja nganti dikaniaya utawa disiya-siya dening sing awèh pagawean. Mêngkono uga dipasrahi anitipriksa, apa wong-wong sing padha arêp pindhah nyang sabrang kuwi saka karêpe dhewe, apa jalaran saka dayaning bujuk alus. Yèn têtela pindhahe nyang sabrang mau jalaran saka dibujuk, sanalika kono iya banjur diulihake nyang desane.

Garèng: Wadhuh, ma, pancèn iya bênêr pangandikamu kuwi, nanging ana ing krêtase, apa nyatane bisa tumindak kanthi sampurna, hla, kuwi isih dadi pitakonan. Padhane rak pangkat wadana kae. Kuwajibane wadana kuwi kudu nata tata têntrême kadhistrikan, kang dadi kukubane, têgêse kudu nyêgah anane rêrusuh, maling, durjana lan sapanunggalane, cêkake: ing sajêroning dhistrik kono kudu tansah tata têntrêm. Nèk sing dadi wadana mau pancèn priyayi pêng-pêngan, iya bisa kalakon têntrêm têmênan. Nanging aku kêrêp bae mênangi wadana, aja manèh gawe tata têntrêm dhistrik bisaa, lagi gawe tata têntrême sajêroning dalême bae ora bisa. Tandhane [Ta...]

--- 1092 ---

[...ndhane] yèn dara wadana rada kêsuwèn anggone nayuban, dèn ayune banjur gawe rusuh, ambantingi piring, cangkir lan sapanunggalane, dara wadana iya ora bisa nyêgah.

Sêmar: Lo, lo, kok banjur mrono playune. Wis, wis, dilèrèni samene bae, omongane têka banjur ngayawara mangkono.

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah.

Bab Culik.

Sumêbaring pawartos ing bab culik, saya waradin dumugi pundi-pundi, môngka têrang bilih pawartos punika namung ngayawara kemawon. Bab punika mêntas wontên lêlampahan ingkang nelakakên gorohipun pawartos wau. Wontên tiyang ing kampung Capaka Putih martosakên bilih ing kampung Gunungsari, Batawi, tiyang wau nyipati piyambak sumêrêp mayit ingkang mripatipun kalih pisan dipun cuplik ing culik. Bab wau kamirêngan pulisi, lajêng kapurih nêdahakên, wusana botên wontên nyatanipun babarpisan, tiyang wau lajêng kasêrêg ing prakawis, nêrak ing bab 171 anggêr ukum.

Bab makatên punika pantês dipun mangrêtosi ing ngakathah, bilih damêl pawartos lalawara punika mawi ginantungan paukuman, kakunjara dangu-dangunipun sataun, utawi dhêndha kathah-kathahipun f 300.-

C.B.Z. enggal ing Surabaya.

Sampun dangu dados rêmbag, bilih C.B.Z. ing Simpang, Surabaya, kawontênanipun sampun sarwa nguciwani, saha lajêng dados rêmbagipun parentah. Ing sapunika sampun wontên karampunganing rêmbag, badhe yasa C.B.Z. enggal manggèn ing Karang Mênjangan. Waragadipun katapsir 5 yuta rupiyah. Waragad wau badhe kalêbêtakên rantaman taun 1932.

Krakatao.

Wontên pawartos saking pulo Panjang, kawontênanipun pulo enggal, kubênging kawahipun kintên-kintên wontên 600 mètêr, panjanging pulo 1150 mètêr, wiyaripun 250 mètêr.

Kalawarti wulanan enggal.

Kawartosakên, wiwit tanggal 15 wulan punika, pakêmpalan golongan wanita ing Bandhung nama Istri-Sedar, ngêdalakên kalawarti wulanan nama Sedar, kalawarti wau adhêdhasar kabangsan, prêlu andandosi darajating wanita. Redhakturipun katindakakên dening bêstiring pakêmpalan.

Wanita ing Pamêkasan.

Ing Pamêkasan wontên pakêmpalan wanita nama Dames Club, ing sabên wulan ngawontênakên pêpanggihan kaping kalih, ngawontênakên sêsorah, dhebat tuwin sanès-sanèsipun, ingkang gêgayutan bab wanita, ugi ngawontênakên pangajaran maos.

Ukum pêjah.

Pangadilan militèr mêntas andhawahakên ukum pêjah dhatêng sawênèhing saradhadhu bôngsa Ambon nama J. Saya, kalêpatan prakawis nalika nuju jagi, nilar pajagèn, anyanjata Sêrsan Suratman kalanipun nuju tilêm, saha badhe mêjahi malih sêrsan Walandi. Dene winihing prakawis ing bab èstri.

Mr. Abdul Sukur.

Kawartosakên, Mr. Abdul Sukur tilas pangarsa pakêmpalan Indhonesiah ing nagari Walandi, kèndêl anggènipun tumindak ing bab prakawis pêrgêrakan utawi pulitik, lajêng badhe manggèn ing Bandhung.

Iksamên calon punggawa pagantosan.

Ing Gombong mêntas dipun wontênakên iksamên tumrap calon punggawa pagantosan. Ingkang nglêbêti wontên tiyang 1600, têtiyangipun èstri wontên pintên-pintên dasa. Tiyang samantên wau ingkang katampèn anglêbêti namung 800.

Panti widya.

Ing Bandhung wontên pakêmpalan nama panti widya. Pakêmpalan wau ancasipun badhe ngêdalakên buku-buku basa Sundha, Malayu tuwin Jawi, lan ugi ngêdalakên buku sanèsipun, upaminipun basa Walandi. Karangan-karangan ingkang saking jawi, samôngsa kawêdalakên dening panti widya, mawi angsal pituwas, adêging pakêmpalan mawi ngawontênakên andhil sèri A.1000 iji, rêgi f 5.- saandhil. Sèri B. 500 iji, rêgi f 10.- saandhil. Kenging kacicil sabên wulan f 1.- utawi f 2.50. Bêbathènipun ingkang 20% kadarmakakên dhatêng Studiefonds, griya sakit tuwin sanès-sanèsipun. [sanès-sa...]

--- 1093 ---

[...nèsipun.] Bêstiring pakêmpalan wau, dhirèktur Tuwan A.H. Wignyadisastra. Rumiyin up redhaktur klas satunggal ing Bale Pustaka. Komisaris, Tuwan M. Abungkasbulah, dhirèktur pirmah Sêtyapamili. Tuwin sanès-sanèsipun. Adpisur D.K. Adiwinata, guru basa Malayu Osvia ing Bandhung tuwin Tuwan Darnakusuma, wèt odhêrgêmintê ing Bandhung.

H.I.S. tuwin Schakelschool ing Mungkid.

Kawartosakên, wiwit benjing tanggal 1 Sèptèmbêr ing Mungkid, Magêlang badhe ngawontênakên H.I.S. tuwin Schakelschool Taman Siswa. (S).

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana rawuh ing kantor Volkstelling.

Ing tanggal 20 wulan punika, wanci jam 9 enjing, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral rawuh ing kantor Volkstelling, dipun tampi dening Tuwan Prof. J. van Gelderen tuwin Dr. W. Brokx. Rawuh dalêm ing ngriku katingal rêna. Ingkang sakalangkung andadosakên karênan, ing bab tumindaking mêsin pangetang, ingkang sagêd misah-misahakên pêpetanganing dalancang, ing dalêm saêjam sagêd metang 23.000 lêmbar.

Papriksan Ir. Sukarna.

Pangadilan landrad ing Bandhung saèstu sampun nindakakên papriksan prakawisipun Ir. Sukarna, wontên ing dintên Sênèn tanggal 18 wulan punika, dipun pangarsani dening Mr. Siegenbeek van Heukelom. Sarèhning papanipun rupak, têtiyang ingkang ningali kathah ingkang wangsul. Cacahing dakwa 4, inggih punika Ir. Sukarna, Tuwan Gathot Mangkupraja, Maskun tuwin Supriyadinata. Ir. Sukarna, kapriksa, kadakwa prakawis damêl paguyuban wados badhe ngrêbahakên parentah Indhia. Wangsulaning dakwa lêrês dados awak-awakaning pakêmpalan, nanging botên gadhah sêdya kados pandakwaning parentah. Pamriksanipun sakalangkung panjang. Dumugi dintên Salasa dèrèng rampung.

Sinau dhatêng Siyêm tuwin Birmah.

Pakaryan wana matah dhatêng Tuwan W.J. Warta, amtênar ing bab padagangan kajêng, benjing tanggal 17 Dhesèmbêr dhatêng Siyêm tuwin Birmah, prêlu nyumêrêpi caranipun tiyang ing ngrika, ing bab tumindaking damêl bab kajêng jati agêng utawi cuwil-cuwilan grajèn, punapadene ing bab asil ingkang gêgayutan bab wau.

Asiah

Tiyang awon ing Lusingpang.

Pèiping 17 Agustus (Aneta-Nipa). Pangagêng Inggris botên sagêd nyatakakên benjing punapa anggènipun mardikakakên Nettelson tuwin Harrison. Kongsul Martin ing Yènping pangkat dhatêng Kini, prêlu ngrêmbag badhe mitulungi tiyang kêkalih wau, nanging Lusiyang nyarêngi ngintuni wadya kangge nyirnakakên têtiyang awon, dados lajêng ura-uru. Pangagêng Inggris lajêng pakèwêd anggènipun nindakakên.

Kantor kongsul Inggris katutup.

Syanghai 18 Agustus (Aneta-Nipa). Kawartosakên, parentah Inggris andhawuhakên dhatêng kongsul Inggris ing Sangsa, supados nutup kantoripun, makatên ugi kongsi lisah Socony ugi pindhah. Sadaya wau gêgayutan ing bab botên têntrêming nagari.

Kuli mogok.

Singgapura 19 Agustus (Aneta-Nipa). Wontên kuli bôngsa Indhu cacah 2000 ingkang sami nyambut damêl ing babagan, sami sèlèh pirantosipun nyambut damêl. Dene ingkang andadosakên jalaran, têtiyang wau sami mirêng bilih badhe dipun suda balanjanipun. Sarêng katindakakên rêmbag mupakatan kalihan pangagêng, kuli-kuli sami botên nyondhongi dhatêng tatananing balônja enggal. Saha purunipun nyambut damêl namung badhe dumugi tanggal 15 Oktobêr. Wusana sami kapurih ngêntosi karampungan saking pangagênging Kuala Lumpur.

Eropah.

Bab lindhu ing Itali.

Rome 18 Agustus (Aneta-Nipa). Pawartos ingkang opisil mratelakakên, bilih têtiyang ingkang sami ngili jalaran lindhu, ing sapunika sampun sami wangsul, gunggungipun têtiyang tiwas ingkang rumiyin kapetang namung kintên-kintên têrangipun namung 1475. Bab punika lajêng kawartosakên waradin dening parentah Itali.

Wêkasaning ura-uru.

Lissabon 17 Agustus (Aneta-Nipa). Tumindaking bôngsa Portêgis anggènipun damêl ura-uru, lajêng kenging kasirêp kalayan gampil dening parentah, kanthi angèndêli pangagêng pangkat inggil 20 tuwin ambucal tiyang 9 dhatêng Azores, punapadene andhêndha awrat dhatêng tiyang sanès-sanèsipun.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 4415 ing Sênori. Kajawèn badhe kakintun sabên dintên Sêtu. Nomêr 59 + 60 sampun têlas.

Lêngganan nomêr 3806 ing Cilacap. Nomêr 58 t/m 62 sampun têlas, botên sagêd ngaturi.

Lêngganan nomêr 928 ing Lipatkajang. Pos wisêl f 3.- sampun kula tampi. Rèhning pambayaran taun punika sampun lunas, lajêng f 3.- wau kangge punapa.

--- 1094 ---

Wêwaosan

Sêrat Ramayana

9.

[Naskah rusak]

--- [1095] ---

Ôngka 69, 1 Rabingulakir Taun Jimawal 1861, 27 Agustus 1930, Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50. Bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

[Naskah rusak]

--- 1096 ---

Raos Jawi

Bab Bêgja tuwin Cilaka

Mênggah bêgja tuwin cilaka punika, tumrap manungsa agêng alit, luhur utawi asor, dalasan dhatêng kewana pisan, tamtu sami kadunungan. Ananging mênggahing manungsa, dhawahing kabêgjan utawi kacilakan wau, sanajan luhura kados punapa, utawi pinunjula kawruhipun kados punapa kemawon, botên sagêd nyakrabawa. Benjing punapa utawi ing pundi dunungipun dhawahing kabêgjan utawi kacilakan, manungsa botên sumêrêp. Punapa malih inggih botên badhe kadhatêngan bilih angajêng-ajêng dhawahing kabêgjan utawi mlipir-mlipir nyingkiri kacilakan bilih botên saking karsanipun ingkang Maha Agung. Milanipun manungsa inggih namung tansah cumadhong anampèni kanthi suka lêgawaning manah, botên kenging nampik kabêgjan ingkang dhumawah utawi kacilakan ingkang ngrungkêbi piyambakipun, jêr ingkang makatên punika lajêng nama bageanipun. Tur sampun binage dening ingkang Kuwaos kanthi sami pambagenipun.

Kados kula sampun matur bilih dhawahing kabêgjan utawi kacilakan punika, ing ngagêsang botên sagêd nyakrabawa. Nanging kados kenging kawastanan bilih dhawahing kabêgjan utawi kacilakan punika sawanci-wanci tuwin saênggèn-ênggèn, mila inggih lajêng wontên têtêmbungan: bêgja cilakaning manungsa tan kurang marga. Kayaktènipun kados dongèng ing ngandhap punika:

Wontên satunggiling tikus midêr-midêr ngupados têdha. Sangsaya dangu lampahipun sangsaya kêlunta-lunta, ing wusananipun kêpanggih kalihan kucing. Nalika punika, pun kucing botên kasamaran dhatêng pakarêmanipun, tuwin ing batos rumaos badhe manggih kabêgjan, jêr sêdyanipun kucing botên pados mêmangsan, pramila botên sarônta lajêng jranthal anubruk tikus, nanging kaendhanan panubrukipun. Pun kucing sakalangkung cuwa manahipun, nanging ing batos taksih gadhah pangajêng-ajêng bilih badhe manggih kabêgjan, amila lajêng cancut ambujêng tikus. Nanging ing sarèhning pun tikus pintêr ngulat-ulêtakên lampahipun tuwin trampil angendhani panubrukipun kucing, pramila sanajan kucing ngêtog ing kapintêranipun nubruk tikus, mêksa botên sagêd nyêlaki pun tikus, agêngipun andêmèk. Ing wusana lampahipun kêpanggih kalihan singa barong, ingkang cangkêmipun tansah mangap-mangap sêmu kêluwèn, miling-miling pados mêmangsan.

Kados punapa kemawon kagèt tuwin gêmêtêripun tikus nalika punika, sakêdhik sampun botên gadhah cipta gêsang malih. Awit majêng tamtu kadêkêp singa barong, mundur katubruk kucing, ngiwa utawi nêngên singa barong sarta kucing tamtu botên badhe talompe, mila lajêng dhêlog-dhêlog angêsrahakên jiwa raga dhatêng ingkang Murbèng Gêsang.

Kocapa pun kucing ing nalika lampahipun kêpapag singa barong wau, sarta sumêrêp dhatêng bujênganipun ingkang kêpêpêtan margi, botên kamanah babarpisan kadospundi badhe kadadosanipun, lajêng

--- 1097 ---

mêncolot sumêdya andêkêp tikus. Ananging ... o, mêmêlas, anggènipun malumpat kêlajêng, sirahipun kalajêng ing cangkêmipun singa barong ingkang tansah mangap-mangap wau. Pramila pun singa barong lajêng anglumba sabab kagèt, tuwin angingkêmakên cangkêmipun, ngantos andadosakên pisahing gêmbungipun kucing kalihan sirahipun.

Gêntos kacariyos pun singa barong, nalika ngingkêmakên cangkêmipun, botên sumêrêp bilih kucing ingkang kalajêng dhatêng piyambakipun punika sirahipun pêthil tuwin taksih kantun ing salêbêting cangkêmipun, pramila sarêng ing cangkêmipun kraos grênjêl-grênjêl, botên kamanah babarpisan têrus kaulu tanpa kamamah, ngantos dumugi ing têngah-têngahing êlêd-êlêd. O, kados sampun kêparêngipun Ingkang Kuwaos paring kabêgjan dhatêng tikus, andhawahakên apês dhatêng kucing tuwin singa barong, awit sirah kucing ingkang wontên ing êlêd-êlêdanipun singa barong wau botên têrus dumugi wêtêng, ambokmanawi margi sêsak, andadosakên sêsêging ambêkanipun singa barong, tuwin adamêl tiwasipun.

Pun tikus sumêrêp wêwarnèn kados makatên wau, tuwin ngèngêti dhatêng lêlampahanipun ingkang nyipta botên badhe gêsang wau, punapa malih sumêrêp kaelokaning Pangeran anggènipun angganjar tuwin midana dhatêng titahipun, piyambakipun ngantos kamitênggêngên, dhêlog-dhêlog ngajêngakên bangkenipun kewan kalih wau, ing panyipta namung suka sukur dhatêng ingkang adamêl gêsang.

Sanajan dongèng punika botên nêngsêmakên panggalihanipun para maos, nanging kados sampun têrang kangge pasaksèn dhatêng atur kula ing ngajêng, bilih bêgja utawi cilaka punika botên kenging cinakrabawa, benjing punapa dhawahipun tuwin ing pundi panggenanipun. Pramila lêkasing kewan têtiga wau kados kenging kangge pangèngêt-èngêt dhatêng kula sadaya. Sapisan: tikus, punika prasasat cihnaning bêbasan: wong bêgja datan kurang marga. Utawi inggih kenging kawastanan tumuruning bêgja ingkang kadhawahakên dening ingkang Kuwaos dhatêng titahipun. Botên prêlu kaajêng-ajêng, bilih sampun wancinipun tumurun inggih botên badhe angoncati.

Kaping kalih kucing, kenging kangge pangèngêt-èngêt dhatêng kula sadaya, bilih ing ngagêsang botên lêrês yèn ngantosa rumaos badhe tampi kabêgjan, awit kabêgjan utawi kacilakan punika sampun winatês dening Pangeran. Utawi yèn ngantosa makatên, sok nyêlakakên dhawahing kacilakan, awit saking kalimput ngèngêti badhe dhawahipun pak bêgja, ngantos kasupèn utawi nyupèkakên dhatêng tiyang cilaka, ing môngka kalih-kalihipun sampun manggèn ing ngriku.

Katiga singa barong, kenging kangge sanepa dhatêng titah ingkang kadhawahan apês. Paribasanipun: ginêdhongana wêsi brukut, kinuncènana kêncêng, yèn wis tumêka bageane, iya môngsa wurunga.

Ingkang punika sadaya, bilih kula sadaya purun ngèngêti, botên badhe uwas utawi sumêlang dhatêng sabarang punapa kemawon, jêr Pangeran botên badhe kêkilapan.

Ingkang punika minôngka nganggekangge. panutuping atur kula, [ku...]

--- 1098 ---

[...la,]

sumôngga sami rêngêng-rêngêng sêkar dhandhanggula punika.

[Dhandhanggula]

amung Gusti ingkang nguningani / miwah murba lawan amisesa / mring sèsining bumi kiye / kang karya gampang ewuh / gêsang lampus ala lan bêcik / bêgja miwah cilaka / cinêkak sadarum / mobah mosikipun titah / mung gumantung anèng karsaning Hyang Widhi / kang mêngkoni buwana //

mung ing titah tantuk tan nrimani / wit jatine karsèng Hyang punika / amung mamrih rahayune / titahira sadarum / aywa ngantya kalali-lali / upama kang Kuwasa / angganjar pakewuh / iku titah dumèn ngrasa / supadyanta yèn tuk gampang bangkit eling / yèn pakewuh pan ana //

Nyuwun pangapuntên.

Pun: Sarbyasih. Lare Bogêm - Goranggarèng.

Undhaking Pawarta Sudaning Titipan

Nuwun, sasampunipun kula maos Kajawèn ôngka 62 panjurungipun sadhèrèk Ha, bab undhaking pawarta sudaning titipan. Ing ngriku kula lajêng kèngêtan gumyahing pawartos ing dhusun kula (Susuhan, Jatinom). Bab panindaking pangetang cacah jiwa taun 1930, ingkang sawêg badhe kalampahan benjing tanggal kaping 22 Sèptèmbêr ngajêng punika, warni-warni pamanggihing tiyang, wontên ingkang ngintên malaekat angetang jiwaning manungsa tanah Jawi, bilih kêkathahên badhe kasuda, srana dipun wontêni sêsakit. Mila kangge panulaking sêsakit wau, sarèhning panindakipun malaekat ing wanci dalu, sampun sami manjêr dilah, utawi yèn wontên swara gugah-gugah sampun ngantos dipun wêngani lawang.

Ingkang punika, sarèhning pawartos wau sumêbaripun sampun mèh sakadhistrikan Jatinom, sagêd ugi tular-tumularipun anglanjak dhatêng sanès kadhistrikan utawi sanès residhènsi, mila sangêt panyuwun kula dhatêng para nupiksa, bilih amrangguli pawartos ingkang lalawora kados ing nginggil, kêparênga lajêng anyêrêp-nyêrêpakên sampun ngantos kalajêng kalintu panampi, mawi awêwaton kasbut dhawuh pangandika dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana (Kajawèn ôngka 61) saha awêwaton buku panuntun cacah jiwa ciri Peta Adjaib karanganipun Radèn Martasukarta: jalaran manawi kalampahan tumindaking tèlêr, môngka taksih nyarêngi ing dhusun-dhusun kathah tiyangipun ingkang kalintu panampi, saèstunipun lajêng andamêl randhating panindakipun tèlêr, saha botên sagêd salaras kalihan karsaning nagari, ingkang rintên saha dalu botên kêndhat namung tansah angudi wilujênging kawulanipun. Wasana namung punika atur kula.

Sr.

--- 1099 ---

Cariyos Kina

Kêthèk ing Pulo Sêprapat (Juwana)

Kacariyosakên ing jaman kina, ing dhusun Ngêrang wontên pangagêngipun, nama Kyagêng Ngêrang. Kagungan putra satunggal sangêt mursalipun.

Kyagêng Ngêrang wau kagungan tambak bandêng, nanging sabên kyagêng wau nuwèni tambakipun, ulamipun ingkang wontên tambak wau sami botên wontên.

Kyagêng Ngêrang sangêt ing dukanipun, lajêng ngundhangi para tiyang ing dhusun, sintên ingkang sagêd nyêpêng tiyang ingkang ngrêsahi tambakipun, jalêra, èstria, yèn kacêpêng kapurih anglunasi. Ingkang nglunasi badhe pikantuk ganjaran.

Ing ngriku wontên satunggiling tiyang ingkang anyagahi. Kyagêng nuntên paring dhawuh dhatêng tiyang punika, supados nêlik wontên ing tambak wau.

Kacariyos, putranipun kyagêng wau, sarêng ing wanci dalu kesah dhatêng ing tambak, amêndhêti ulam bandêng. Dene ulam bandêng wau botên kasade, nanging kasukakên dhatêng tiyang ingkang kêmlaratan. Tindak ingkang makatên wau, sanadyan lêrês, nanging nama barang colongan.

Tiyang ingkang nêlik wau, sarêng sumêrêp grêgênênging tiyang, nuntên nyandhak waosipun, kawaosakên dhatêng putranipun Kyagêng Ngêrang, mak cêprèt. Botên sumêrêp manawi putranipun kyagêng piyambak, ingkang dipun waos lajêng sêsambat: adhuh mati aku. Sêsambat makatên wau kalihan malajêng mangalèr, mawi taksih kanthilan waos. Sarêng dumugi pasisir, sacakêtipun bênawi Silugangga lajêng dhawah, pêjah.

Tiyang ingkang maos wau lajêng matur dhumatêng Kyagêng Ngêrang, purwa madya wasana sampun katur sadaya. Sarêng kyagêng mirêng atur makatên wau, ing galih botên sakeca, lajêng nglari palajêngipun wau. Wusana kapanggih sampun pêjah. Saha sarêng pirsa yèn ingkang pêjah wau putranipun, kyagêng sakala botên sagêd ngandika, rumaos kaduwung ing galih.

Kyagêng nuntên ngandika: Adhuh, anakku, gèr, iya wis bêgjamu, iya tarimanên. Nanging sarèhning uripmu, kowe bisa gawe bungahing wong kang ora duwe, patimu iya bisaa awèh sênêng wong kang kêmlaratan.

Layon wau lajêng kakubur wontên ing ngriku. Inggih sacêlakipun bênawi Silugangga.

Ing kala rumiyin bênawi Silugangga wau, ragi lêncêng têrus dumugi ing sagantên, nanging sarèhning toya wau ilinipun botên sagêd santêr, nuntên kasudhèt ngalèr ngetan, têmpuk ing sungapan, tumuntên ilinipun toya ragi santêr.

Ingkang dipun kubêng bênawi wau, inggih kuburanipun putranipun Kyagêng Ngêrang, pojoking pasitèn wau sêkawan, inggih kinubêng toya wau, kadosdene pulo makatên. Ing ngriku inggih kathah wit-witanipun, mila kawastanan pulo Sêprapat, mêndhêt wanguning siti kados pulo, lan mêndhêt ing pojoking bênawi Silugangga sêkawan.

--- 1100 ---

Ing pulo Sêprapat kathah kêthèkipun, ingkang pating pêthangkruk wontên ing wit-witan, ing ngriku wontên rajaning kêthèk, agêngipun mèh salare dêmolan, dene aslinipun kêthèk ingkang manggèn wontên ing ngriku, botên sisah kula andharakên, mindhak andadosakên sandening tiyang ingkang badhe nêdya mriku. Ngantos sapriki panggenan wau dados pakaulanipun para tiyang ingkang gadhah sêdya. Lan inggih wontên juru kuncinipun.

Sastrasugônda. Juwana, K. 3656.

Kawruh Jawi

Kawruh Padhalangan

VI. Kawontênaning ringgit

(Warnining golongan)

Larasati, lanyapan. Suwara: gandhang, kuntap, kirang ladak.

Wara Drupadi, luruh. Suwara: luruh, alit, jêtmika.

Siti Sêndari, luruh. Suwara: luruh, alit, jêtmika.

Siti Sari, luruh ragi lanyap. Suwara: kagok luruh, alit.

Dursilawati, lanyapan. Suwara: gandhang ragi agêng.

Ringgit parêpat (dhagêlan).

Sêmar, suwara: alit, sagêd agêng, kêdalipun trampil, kagok, micara, nawung pitutur, dhasar nalar. Têmbungipun manasuka, sêmbrana, sugih kawruh, sugih kupiya, sugih parikan, sugih paribasan, sugih gujêng, sugih tangis, ayêman, berag.

Nala Garèng, suwara: alit, sêrak, sêrêt, kêdalipun trampil, cêtha, micara, mêthakil sêmbrana, sugih pabên, nuju prana.

Petruk, suwara lêga, sagêd agêng sagêd alit, landhung, kêdalipun sarèh. Sêmbrana, mêrak ati, sugih gujêng, sugih kawruh, nawung raos, nuju prana, mikantuki.

Bagong, suwara: kiyal, bandhol, kêdalipun las-lasan, kagok, ugungan, sêmbrana, jujur.

Togog, suwara: agêng kuwung, kêdalipun sarèh, sugih kupiya, jujur, sêmbrana, kirang nalar, kêladuk umuk.

--- 1101 ---

Saraita, suwara: alit, anjêrit. Kêdalipun cêtha: tlêdhuk, tlêdhuk, bodho, jujur.

Cantrik, suwara: alit, kêrêp ngêlik, sêngguh micara, tanduk tumêmên, manutan.

Ringgit ingkang kalêbêt golongan warni kewan lan warni barang.

Sampun kalimrah wontên ing pocapan padhalangan, ringgit ingkang awarni kewan, dêdamêl, gunungan (kayon) lan sasaminipun sok kapocapakên kadosdene manungsa, nanging mênggah suwaranipun namung kapêndhêt saprayoginipun kemawon, mantês dhatêng wujudipun.

Namaning papan padunungan.

Minôngka ancêr-ancêr kangge wêwaton, prêlu dipun pèngêti nama-namaning papan padunungan sawatawis, ingkang kêrêp kangge ing padhalangan, murih sampun ngantos kêlintu-kêlintu. Kados ta:

1. Kahyangan, papan padununganing para jawata.
2. Praja (nagari), papan padununganing ratu.
3. Asrama, papan padununganing para pandhita.
4. Pratapan, papan padununganing janma maratapa.

5. Sacrabakan,Pacrabakan. papan padununganing para ajar.

6. Dhadhôngka, papan padununganipun para dênawa.
7. Pakarangan, papan padununganing parêpat.
8. Dhukuh (dhepok), papan padununganing prêtinggi.
Têtêmbungan ingkang kangge ing padhalangan

Para ingkang botên patos ahli dhatêng basa, utawi ingkang dèrèng patos kêrêp ningali ringgit, têmtu wontên ingkang botên badhe mangrêtos dhatêng pocapaning kyai dhalang, awit têtêmbunganipun sanès kalihan ingkang kangge wontên ing padintênan.

Ing ngandhap punika kôndha janturan ingkang kangge wontên ing jêjêran sapisan:

Hong Ilahèng. Hong Ilahèng awigêna mastu purnama sidhêm, amigêna mèstu silat mring Hyang Jagad Karana, siran tôndha kawisesaning bisana, sana sinawung langên wilapa, èstu maksih lêstantun lampahing buda, jinantur tutur katula, tela-tela tulad mring lêbyèng paradya, winursita ngupama pramèng niskara, karana dya tumiyèng jaman purwa, winisudha trah ingkang dinama-dama, winardi tamèng lalata. Mangkya têkap wusananing gupita, tan wun rênggèng pêrlambang atumpa-tumpa, panggung panggêng panggunggung sang murwèng gita.

Badhe kasêmbatan.kasambêtan.

S. Purwawiyata. Wêlèri, K. 3018.

--- 1102 ---

Sêratipun Petruk dhatêng Garèng

Ingkang taklim.

Wiyose, Kang Garèng, saiki aku tak ambanjurake carita lêlakonku ana ing Surakarta, nanging arêp tak cêkaki bae, awit kajaba mêngko agawe sêpêting mripatmu, uga anjalari layangku ora ana wusanane. Ing dina Kêmis tanggal 7 Agustus, aku sadina muput ora lunga-lunga. Iya bawane wong lagi nglakoni ngèlmune kalong, têgêse: nèk awan, iya ora banjur gumandhul nang uwit bae, nanging nèk awan tansah ngêndhuk nyang ngomah. Nèk bêngi, ora klêpêran golèk mangsan, nanging kluyuran golèk sênêng-sênêng. Dadi mung bêngine, yaiku malêm Jumuwah, anggonku klayaban golèk sênênging pikir. Ing sarèhning kaanane sêkatèn aku wis rada jêlèh bosên, ing bêngi iku aku mrêlokake andêlêng Sriwêdari. Dene pangkatku saka ngomah kira-kira jam 8 thèng.

Wadhuh, Kang Garèng, satumêkaku ing Sriwêdari, gumunku ora kêna ditêbus têlung talèn têmênan. Ing sarèhning ing papan sêkatenan, akèhing wong nonton jêjêl-jêjêlan kaya sêga liwêt ditumplak, rumasaku ing kêbon raja Sriwêdari iya suwung gêmplung kaya opak angin. E, jêbul sing padha mrêlokake nonkonnonton. mrono iya pating dlèdèr akèh bangêt. Ing kono gagasanaku banjur padha pating jêmpalit: astaga, astaga. Surakarta kiyi pancèn iya panggonan sênêng-sênêng, royal-royalan, sarta kiyah-kiyah. Ana rong panggonan jêmbare sahohah-hohah, jare kêbak manusa kabèh. Ing môngka ing Sriwêdari prasasat ora ana tongtonane, ngêmungake gambar idhup karo wayang wong, ewadene sing padha nonton loro-lorone mêksa uyêl-uyêlan bangêt. Ing sarèhning tontonan gambar idhup tumraping aku, upama lêlawuhan mono padhane: pelas katul, dadi wis kêkêrêpên bangêt anggonku ngicipi, mulane kalasamono sing tak prêlokake iya nonton wayang uwong, wah, Garèng, têka kabênêran bangêt, dene ing wêktu iku wayang wonge lakon: Palgunadi.

Kang Garèng, têmtune kowe iya wis ngrêti mungguh lakon Palgunadi kuwi, ewadene kowe mêksa arêp tak caritani, nanging iya mung cêkakane bae. Cêkaking carita mangkene:

Radèn Janaka karo Palgunadi kuwi padha tunggal guru, yaiku muride Sang Hyang Durna ing Sokalima. Wis dadi padatan, wong tunggal guru kuwi kêna diparibasakake: ngisor galêng dhuwur galêng, têgêse: kudu guyub rukun, sênêng susah kudu dilakoni barêng-barêng. Dadi ora kaya lêlakonmu lan aku kalane lagi mêguru kae. Yèn aku kabênêr olèh rebelan gêthuk, kowe ngrintih anjaluk sêparo, nanging nèk kowe sing olèh untal-untalan, kok lakoni kok pangan ana ing kakus, cikbèn aku

--- 1103 ---

ora anjaluk bagian. Dene Radèn Janaka karo Palgunadi kuwi wis padha prasêtya salawase urip bakal tansah guyup rukun. E, dilalah, Kang Garèng, Radèn Janaka kuwi sawijining dina ana ing alas kêtêmu karo garwane Palgunadi, kang kalasamono lagi dioyak-oyak ing buta. Sanalika kono Radèn Janaka iya banjur sir aliyas kêyungyun karo Dèwi Anggraini, garwane Palgunadi mau. Mulane barêng sang dèwi nyuwun tulung mênyang Radèn Janaka supaya matèni para buta sing ngoyak-ngoyak salirane, Radèn Janaka iya banjur anyaguhi bae, nanging ... tau sama tau, sèh. Butane banjur padha dipatèni dening Radèn Janaka. Nanging kala samono, bawane Dèwi Anggraini kuwi wanita kang utama, kang sêtiya marang gurulaki, iya banjur minggat, awit ora sondèl angladèni pamundhute Radèn Janaka. Radèn Janaka banjur gandrung-gandrung kapirangu, upama caraa Batawi ngono, bokmanawa iya nganggo: adhindhaku manis têrbayang-bayang, ngono barang kae. Sang Arjuna banjur nusul, sumêdya dijaluk nyang rakane. Cêkaking carita, Kang Garèng, Sang Arjuna banjur pêrang campuh karo Palgunadi, kang wusanane Sang Arjuna nglincir kalah, awit Palgunadi anduwèni jimat pêparinging dewa kang diarani: sêsotya ampal. Aja manèh sing rupaning jalma manusa kuwata nadhahi kadibyaning sêsotya ampal mau, sanadyan dewa ing kayangan pisan iya mêksa kalakon êmbèk têmênan. Jalaran saka iku Sang Arjuna banjur muring-muring karo gurune, yaiku Dhanyang Durna. Dhanyang Durna banjur amêthot drijine Palgunadi kang kanggonan ali-ali ampal mau, kang anjalari tiwasing Palgunadi. Dene sêsotyane ampal banjur diênggokake Sang Arjuna. Bungahe Sang Arjuna kala samono, kiraku upama ditêbus sêga wadhang rong piring salawuhe pisan, iya ora kêna, awit rumasane banjur bisa motha-motha Sang Anggraini. Nanging sêdyane sing anjênêsi mau mêksa ora bisa kalakon, amarga Sang Anggraini banjur anyut tuwuh.

Wis, samene bae sing prêlu tak caritakake nyang kowe. Sing tak gumuni kuwi têka samono kasêtyane Anggraini nyang gurulakine, seje karo sawênèhe wong wadon jaman saiki, sing lanang lagi lara bae, dadi durung karuan yèn mêsthi matine, wis gêndhulak-gêndhulik karo wong liya. Kosokbaline yèn ngrasakake dêlape Sang Arjuna, tanganku andarêdhêg kaya arêp nêmpiling-nêmpilinga, tujune-tujune, sing dadi Janaka mau kok.. Dèn Sri, anggonku grêgêtên mau têka malah banjur malih ... mêlas.

Kira-kira jam 1 wayang wong bubar, aku banjur mulih nyang pondhokan, dene esuke, dina Jumuwah tanggal 8 Agustus, tiba dina garêbêg Mulud. Wiwit esuk para abdi dalêm sing pangkat cilik nganti tumêkane sing pangkat gêdhe bangêt, wis padha dandan, diarani dododan. Sing diarani dodod kuwi, Kang Garèng, sabênêre ngono bêbêd ombi bangêt, kang kira-kira cukup kanggo kêmule wong sajinah. Sauwise rampung banjur padha sowan mênyang pasowanane. Sing pangkat cilik ngalumpuk mênyang kabupatène, iya ana [a...]

--- 1104 ---

[...na] sing anjujug pasowanan, barêng wis awan, tuwan gupêrnur, mêthuk sampeyan dalêm mênyang kadhaton, digrubyug tuwan residhèn, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, asistèn residhèn, militèr komêndhan lan liya-liyane. Sauwise ngono sampeyan dalêm miyos siniwaka nyang sitinggil, dialap ing para banyak dhalang sawung galing katanggung, ngampil upacara banyak dhalang sawung galing sapanunggalane sarwa mas, cêkake plêk kaya ucap-ucapan ing wayang kae.

Ing kono gamêlan ing sitinggil ngangkang. Sauwise lênggah banjur kundhisi, wusana banjur miyos ajat dalêm gunungan, mungguhing carane lumrah. Gunungan kuwi ambêngane wong kêndhuri, dadi iya nganggo kluban, rêmpah barang kae, malah êndhoge iya padha pating tlenok. Gunungan mau padha digawa mênyang masjid gêdhe, prêlu dikêpung. Sajrone gunungan malaku mau dibarêngi unining mriyêm sarta drèl ambata rubuh, saka uruting suwaraning drèl nganti kaya nyuwara: bê ... rê ... gê..dèl. Sauwise mangkono banjur bubaran.

Kang Garèng, kaya-kaya wis cukup anggonku nyaritakake lêlakonku ana ing Surakarta, liya dina tak caritani lêlakonku ana ing Ongaran lan ing Magêlang. Saiki layangku tak punggêle samene dhisik.

Magêlang 12 Agustus 1930.

Rayinta Petruk.

[Grafik]

Kala punika botên ngêmungakên Petruk kemawon, sanadyan oto panyadean buku Bale Pustaka ugi mubêng-mubêng, ing nginggil punika gambaring oto nalika dumugi Baturaja, Palembang.

--- 1105 ---

Rêmbagipun Garèng lan Sêmar

Bab imigrasi

(Sambêtipun Kajawèn nomêr 68)

Garèng: Rama, ing ngarêp wis tak aturake mungguh kang dadi kêkurangane ing papan-papan pindhahane wong-wong Jawa ing tanah sabrang, yakuwi ing bab pincange prakara pangajaran, dhegloge ing bab pranatane wong alakirabi, apa manèh tumrape wong-wong sing pancèn dhêmên nindakake sêmbayang limang wêktu, kuwi prasasat dipringake bae. Nèk miturut pangandikamu jarene kiyi kabèh suwe-suwene iya mêsthi bakal diowahi, kang andadèkake cumêmplonging atiku. Ewadene aku kok mêksa isih duwe usul manèh, amrih bisa enggal majune imigrasi, yakuwi: kontrake bok aja lawas-lawas. Hla, wong kontrake têlung taun, sajake têka anyamut-nyamut bangêt. Rak iya kudu dielingi, nèk wong Jawa kuwi wiwit ja-makjuja mula, kumanthil-kanthil bangêt karo desane lan kuburane para lêluhure, dadi nèk banjur dikon ninggal padunungane nganti têlung taun lawase, rasane rak abot bangêt, mulane rak banjur kêrêp bae, ta, sakawit niyate kêncêng arêp golèk pagawean yang sabrang, nanging ambalêgêndo ora sida, jalaran awang-awangên, anggone kudu kontrak sathithik-sathithike têlung taun mau. Saikine kontrake kuwi bok disuda lawase, upamane ditêmtokake bae sataun, dene nèk nang kanane krasan, kêna diwuwuhi satêngah taun manèh. mêngkono sabanjure, lo kiyi rak nyamlêng, kiraku iya bakal akèh sing padha sêmranthal kêpengin ngalih nyang sabrang.

[Grafik]

Sêmar: Mungguh usulmu kiyi dudu usul anyar. Ing taun 1918 Tuwan Dr. Broersma ing karangane kang kapacak ana ing kalawarti Koloniale Studien, iya wis mrayogakake bangêt, malah ing karangane mau nganggo dikanthèni tuladan-tuladan, kalane dianakake coban-coban golèk wong nyambut gawe nyang sabrang kontrakan sataun, rong taun lan têlung taun, kuwi olèhe kuli sing kontrakane mung ana sataun, tikêl-matikêl akèhe katimbang sing kontrakane rong taun utawa têlung taun.

Garèng: Hara, rak iya anèh, ta. Ingatase [Inga...]

--- 1106 ---

[...tase] lakune bisa mêmpêng-mêmpêng mêngkono, kok ora ditêrusake ditindakake nganggo kontrakan sataun bae. Mêsthine sing dadi alangane, iya ora liya kajaba ... phulus. Aku kiyi kok tansah gumun, kana kuwi le mata dhuwitên têka sok kêbangêtên, iya bênêr, waragade luwih akèh, nanging kosokbaline olèhe rak iya luwih akèh, kang andadèkake imigrasi mau bisa maju karêpe dhewe.

Sêmar: Lo, kang kaya mangkono kuwi saikine wis dianani komisi, kang diwajibake nyinau kaanane pakaryan ing Sumatrah sisih wetan, lan sabên limang taun sapisan, diwiwiti ing taun 1930 kiyi, komisi mau kudu angaturi pamrayoga marang nagara, ing bab panyudane lawasing prajangjiane nyambut gawe ana ing tanah sabrang.

Garèng: Wèh, iya pancèn apik bangêt, sêmono kuwi yèn komisine gêlêm nindakake kuwajibane kanthi samêsthine. Têgêse tumindake bisa jêjêg, ora mengo ngiwa utawa nêngên. Sabênêre ngono aku iya pancèn prêcaya bangêt, nèk krêsaning nagara kuwi bêcik lan murakabi tumraping para kawulane, nanging sing nindakake, hla kuwi sing sok talusar-talusur. Aku dhewe wis tau mênangi, ana panggêdhe bôngsa Walônda misuhi nganti êntèk êntung nyang sawijining punggawa Jawa, kang anjalari Jawane mau banjur kêlah marang kang wajib. Supaya panitipriksane prakara kiyi bisa kanthi adil têmênan. Ingkang wajib banjur nganakake komisi, sing diwajibake ngurus, sing lênggah ana ing komisi kono, iya bôngsa Walônda lan Jawa, dadi têrang bangêt, yèn krêsane kang wajib, supaya prakara mau dipriksa kanthi saadil-adile. Nanging ... iya kuwi ... priyayine Jawa sing lênggah nyang komisi mau, dilalah rada kêpengin bangêt munggah pangkate, mulane ...

Sêmar: Wis, wis, aja kok banjurake, mundhak nyênêp-nyênêpi, kapriye panindake komisi kang wus tak kandhakake ing ngarêp, kowe aku ora prêlu mèlu cawe-cawe, padha diêntèni besuke bae, nanging anane komisi mau rak wis têtela, yèn nagara kuwi tungkul tansah migatèkake marang kaprêluaning para kawulane.

Garèng: Pancèn iya mêngkono, ma, ewasamono, amrih anane imigrasi tumuli enggal maju, kajaba kudu dibêcikake kaanane papan-papan pamindhahan kaya sing wis tak aturake ing ngarêp, iya kudu dipanggalih apa sing bakal tak aturake nyang rama kiyi: 1e. ing papan pindhahan kang durung ana sêkolahane tumrap anak-anake wong-wong Jawa sing padha kontrak mrono, supaya kabudidayan sing anguwasani wong-wong mau tumuli enggal-enggal nganakake sêkolahan.

Sêmar: Iki panuwunan sing utama, kiraku iya mêsthi bakal bisa tinurutan, nanging iya kudu: alon-alon.

Garèng: Iya, ma, sanadyan alon-alon, [alon-a...]

--- 1107 ---

[...lon,] anggêre bisa kalakon. 2e. iki aku sing ora cocog bangêt, apa karêpe sing nguwasani kono kuwi, cikbèn uwong uwonge utange tansah arang kranjang bae, dadi banjur tansah padha kêtalenan, ora bisa padha lunga saka kono. Nèk ora mêngkono genea wong-wong padha kêplèk, main, dhadhu, padha diêjor bae. Mulane panuwunku, ing wayahe nganggur, wong-wonge padha dilarangana ngabotohan.

Sêmar: Kowe aja guru-guru maido mênyang sing nguwasani kabudidayan kono anggone ngêjor anane wong ngabotohan. Awit kiraku, karêpe ing sakawit, rak mung murih wong-wonge bisane padha sênêng, lan sabanjure banjur padha krasan dêdunung ana ing kono, dene pungkasane banjur padha ngabotohan gêdhèn-gêdhènan, hla, kuwi dudu salahe sing nguwasani kono, nanging salahe wong-wonge dhewe. Ing sarèhning wong-wong sing padha kontrak nyang sabrang kuwi umume isih padha bodho-bodho, panuwunane supaya yèn ing wancine nganggur wong-wonge padha dilarangi ngabotohan, iya pancèn utama bangêt, lan iya wis pantêse yèn di [Naskah rusak]

Garèng: Saiki panuwunan 3e. kang [Naskah rusak] sênêng, ta. Ambok iya anggêr sabatih, diwènèhi omah siji karo pakarangan sathithik, wis mêsthi sênênge, tur nèk ana wong sing bisae kalakuane ora nular-nulari kancane.

Sêmar: Nèk bisa pancèn iya utama bangêt, nanging banjur kudu pirang bau bae, sing dipigunakake kanggo papan padunungane wong-wonge mau, kuwi rak agawe karugiane kabudidayan bae. Anggone wong pirang-pirang dipanggonake dadi siji, kuwi pamrihe supaya ringkês ... .

Garèng: Wèyèh, kathik kaya barang sing arêp disimpên nyang pêthi, kudu ngarah sing ringkês barang. Saiki sing kaping 4, ma, supaya ing kono dianani priyayi Jawa, sing kudu mikir mênyang kaprêluane wong-wonge Jawa sing nang kono, lan kudu anjaga tata têntrême papan ing kono. Nanging priyayi sing [Naskah rusak], iya kudu milih priyayi sing kênthingan, aja priyayi sing mung: inggih kangjêng tuwan bêsar sêtatir ...

Sêmar: Wiyah, bok aja kêbanjur-banjur mêngkono, aku pancèn iya mupakat bangêt, yèn kudu dianani priyayi Jawa, awit mungguh panêmuku, kanggo kawitane iya bêcik yèn kudu priyayi Jawa sing ditêtêpake nyang kono dhisik [Naskah rusak] Jawa dhewe sing [Naskah rusak]

--- 1108 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah

Arta darma f 30.000.-

Kala rumiyin sampun nate kawartosakên, bilih adêging gêdhong kabangsan ing Surabaya tampi darma arta f 30.000.-, botên têrang saking sintên. Ing sapunika wontên pawartos, arta wau saking darmanipun Walandi ing tanah wetan, ing bawah Pasuruan utawi Banyuwangi, nanging namanipun taksih kadamêl wados.

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana badhe dhatêng Indo-China.

Wontên pawartos, benjing tanggal 27 Oktobêr, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana badhe dhatêng Indo-China nitih kapal pamasang kawat Zuiderkruis, dipun iring ing kapal Flores, prêlu malêsi mara tamu Gupêrnur Jendral Pasquier. Lamining tindak dalêm 5 minggu. Tindak dalêm kanthi putri freule De Graeff, algêmènê sèkrêtaris, intêndhan tuwin ajidan dalêm. Lan ugi kadhèrèkakên dhirèktur têtanèn, Tuwan Dr. Ch. J. Bernard.

Angsal-angsalanipun têtingalan Indonesia Moeda.

Miturut palapuran, angsal-angsalaning arta têtingalan Indonesia Moeda, ingkang kagêbyagakên ing Batawi kala tanggal [...]Naskah rusak (dan di tempat lain). wontên f 1528.56, kangge waragad têlas f [...] dados bêbathènipun rêsik f 350.76. arta bêbathèn wau kabage waradin kangge darma bêna Likasan, kabêsmèn [...] tuwin Kinder vacantie kolonie.

Pakunjaran ing Sukamiskin.

Parentah sampun nyadhiyani waragad kathahipun f 300.000.- prêlu kangge ngrampungakên pakunjaran ing Sukamiskin. Pakunjaran kangge sadhiyan bôngsa Walandi tuwin golongan tiyang siti [...] ing sapunika pakunjaran wau sampun rampung.

Kabêsmèn ing Ngayogya.

Kawartosakên, ing dhusun Plèrèd, pasisir kidul wontên griya kabêsmèn [...].

Sêrat sêbaran bab Dhigul.

Kawartosakên, tumrap nagari sanès gadhah pangintên, bilih Dhigul punika kadosdene Sibèriê jamanipun nata Ruslan kala rumiyin. Pangintên ingkang makatên wau kalintu.

Jalaran saking kalintuning pangintên wau, parentah badhe damêl katrangan kawrat ing sêrat sêbaran ing bab wontênipun paprentahan ing Indhonesiah. Pandamêling sêrat sêbaran wau badhe dipun adani dening para linangkung.

Kathahing padamêlan ing pangadilan landrad ing Bandhung.

Jalaran saking wontêning papriksan P.N.I. pangadilan landrad ing Bandhung kêpêksa ngêndhêg prakawis sanès-sanèsipun. Sapunika badhe tumindak mariksa prakawis sanès wontên ing panggenan sanès sacêlakipun ngriku, ing sadèrèngipun wontên dhawuh saking dhirèktur yustisi, pangarsa landrad angsal bêbantu mantri pulisi kitha kêkalih.

Para bupati ing Jawi Têngah dhatêng Sêmarang.

Kawartosakên, para bupati ing Jawi Têngah sami katamtokakên gêgêntosan dhatêng ing kantor propènsi, prêlu ngrêmbag rantaman pakaryan ing taun 1931.

Lulus iksamên Ind. Arts.

Lulus iksamên dados Ind. Arts wêdalan Nias, Tuwan Aminudin, asli saking Bêngkulên, tuwin Radèn Sudarma Wirarema asli saking Magêlang.

Pawartos Wigatos

Ngaturi uninga wêdalipun Kajawèn ngajêng punika kabeda kalihan [...] namung isi bab Kangjêng Sri Bagendha Putri Wilhèlminah, minôngka [...] 50 taun [...]

--- 1109 ---

Kasangsaran jalaran saking botên mangrêtos.

Wontên tiyang nama Karsawikrama ing dhusun Glêdhêk, Ngayogya kidul, nuju mlampah turut pinggiring lèpèn Oya manggih barang kados gagang potlot, lajêng kapêndhêt kabêkta mantuk, badhe kangge andolani anakipun. Sadumugining griya barang wau dipun kêthok, wusana lajêng anjêblos, darijinipun tangan kiwa rantas, tuwin nandhang tatu ing sanès-sanès panggenan. Katranganipun barang wau dhinamit, asli keceran saking pakaryan kajêng nagari badhe mêcah sela agêng ing ing lèpèn Oya, amargi tansah nyanggrok lampahing kajêng ingkang kakèlèkakên.

Murinani tiyang kêplindhês oto.

Ing margi antawisipun Kêrtasana kalihan Jombang, wontên oto lumampah dipun sopiri ing tiyang Jawi, ingkang numpak Walandi kêkalih, asli saking Malang tuwin Surabaya. Wontên ing margi, oto wau kêpapag arak-arakan pangantèn, oto dipun pinggirakên. Nanging nalika oto badhe nglangkungi, wontên tiyang numpak pit jumêdhus, lajêng kêtumbuk, sirahipun rêmuk. Tuwan ingkang numpak lajêng akèn dhatêng sopir angêndhêgakên, saha lajêng mitulungi tiyang ingkang kasangsaran. Ing ngriku lajêng wontên têtiyang kathah mêdal saking dhusun, tuwin saking patêbon sami sikêp dêdamêl badhe ngêbyuki Walandi wau. Rahayu Walandi lajêng sagêd ngoncati. Bab punika Walandi wau lajêng lapur dhatêng pulisi, lajêng kapriksa saprêlunipun. Dene tiyang ingkang kaplindhês kalajêng tiwas.

Badhe wêwakil bôngsa Arab ing rad kawula.

Kawartosakên, bôngsa Arab saya mêmpêng anggènipun badhe ngawontênakên wêwakil ing rad kawula, sapunika badhe ngajêngakên sawung Tuwan S. Ali Baadillah, putranipun pangagêng bôngsa Arab ing Bandhah, ingkang misuwur sinêbut raja mutyara. Tuwan wau sampun nate sinau wontên ing Leiden tuwin London. Satunggalipun malih Tuwan S. Sajid Badjened, sampun nate sinau wontên Sêtambul tuwin Turki.

Kasamaran ing Padhang. [...]

Konggrèsipun para sêtudhèn.

Wontên pawartos, bilih pakêmpalaning para sêtudhèn, benjing dintên Sabtu tanggal 20 dumugi dintên Rêbo tanggal 24 Sèptèmbêr badhe damêl konggrès kawitan.

Asiah.

Kaukum jalaran gêgayutan kaum abrit.

Syanghai 21 Agustus (K.P.). Burgêr mistêr ing Nansang kasumêrêpan sakuthu kalihan kaum abrit, ingkang anjalari tuwuhing ura-uru, lajêng dipun cêpêng, namaning burgêr mistêr wau Siyung Kuwo Hwa.

Pêpasthènipun kaum abrit.

Syanghai 22 Agustus (K.P.). Ing Pèiping wontên golongan kaum abrit atusan sami dipun cêpêng, ing Nanking pintên-pintên ingkang dipun ukum kisas. Hoyingsing sampun dhawuh dhatêng Lutiping supados nyirnakakên golongan komunis ing watês.

Nagari Walandi.

Den Haag 21 Agustus (Aneta-Nipa). Kawartosakên Tuwan Evert tuwin van Dijk badhe nglampahakên mêsin mabur pos dhatêng Indhonesiah ingkang kapisanan.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 2789 ing Margasari. Ingkang f 1.50 tumrap kuwartal 4, f 1.50 malih kangge kuwartal 1 taun '31.

Lêngganan nomêr 2372 ing Rapang (Pare-pare). Plêk kemawon.

Lêngganan nomêr 2887 (Mas Kariyarêja) ing Jêmbêr. f 1.50 sampun katampi. Lêngganan kapetang wiwit 1 Sèptèmbêr, dene [...] ingkang sampun-sampun, punika sadaya kangge [...] Mangunarja K. No. 680. [...]