Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-09, #1645

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1930, #1645
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-01, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #354.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-02, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #355.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-03, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #356.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-04, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #357.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-05, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #358.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-06, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #359.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-07, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #360.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-08, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #361.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-09, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #362.
10.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-10, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #363.
11.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-11, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #364.
12.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-12, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #365.

Ôngka 71, 8 Rabingulakir Taun Jimawal 1861, 3 Sèptèmbêr 1930, Taun V

Kajawèn

[Iklan]

--- [1131] ---

Ôngka 71, 8 Rabingulakir Taun Jimawal 1861, 3 Sèptèmbêr 1930, Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Aprikah Kidul

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar manjangan-manjangan wanan, wontên ing wana tutupan tanah Aprikah kidul.

--- 1132 ---

Raos Jawi

Gêgayutaning Raos Ngagêsang

Tiyang punika, ingkang limrah, botên angèngêti dhatêng lêlampahan ing salêbêting gêsangipun ingkang sawêg dipun lampahi, dene wontênipun botên dipun èngêti, saking rumaos manawi ingkang dipun lampahi ing sabên dintên punika namung sarwa gampil, kantun manggih, inggih saea, awona, sadaya namung dipun garba saking kaparênging Pangeran. Nanging panggarbanipun wau asring botên anêrusi kados kajênging panggarba, tandhanipun, ing salêbêtipun gêsang wau, bingah manawi nuju kabêgjan, susah manawi nuju manggih pakèwêd. Môngka manawi mirid kajênging panggarba, ing ngriku botên ngawontênakên bingah lan susah, awit sampun cariyos manawi saking kaparênging Pangeran. Nanging sanadyan èwêd pakèwêd punika tumraping tiyang tansah kêpranggul, dados dangu-dangu kulina, saking kulinanipun ngantos botên dipun èngêti.

Ingkang nama botên ngèngêti lêlampahan punika salugunipun lare alit, ingkang umur-umuran nêm taunan mangandhap, gêsangipun namung anggêga kajêngipun piyambak, mila gêsang ingkang kados makatên punika tumraping tiyang ingkang gêgayutan, inggih punika bapa biyung, lajêng angraosakên susahing manah, saya tumrap ingkang botên kasêmbadan, tansah ajur manahipun. Nanging manawi tumrap ingkang purun ngraosakên, lajêng kêtuwuhan têpa, bilih kala rumiyin inggih nate dados lare kados makatên.

Dumugi ing ngriki lajêng katingal, bilih tiyang ingkang sampun ngambah umur-umuraning tiyang wanci gadhah anak, punika sampun wiwit sagêd ngraosakên jamaning lêlampahanipun ingkang sampun kapêngkêr. Wiwit ing ngriku, gêgambaraning lêlampahanipun ingkang kapêngkêr saya cêtha, tuwin saya mindhak umuripun, saya kathah lêlampahanipun ingkang dipun èngêti.

Tumrap tiyang ingkang pinaringan èngêt, lajêng sagêd angudhari dhatêng raosing têtêmbungan: saking karsaning Pangeran, nanging bab punika botên prêlu kalêbêtakên dhatêng raos lêbêt, prayogi kapêndhêt gampilanipun kemawon. dene mênggahing gampilipun, tiyang lajêng sagêd metani dhatêng gumêlaring lêlampahanipun sadaya ingkang sampun kapêngkêr, pundi ingkang nama sae, pundi ingkang nama awon, awit sadaya lêlampahan punika sajatosipun botên wontên ingkang botên apindha: nanêm wiji, thukul tuwin awoh, awona, sae sami kemawon. dados manawi dipun èngêti sadaya-sadayasadaya (dan di tempat lain). saking pandamêlipun piyambak, yèn ingkang pinanggihipun awon, inggih jalaran andhêdhêr wiji awon, sae inggih wiji sae. lan sarèhning sampun wontên raos ingkang tuwuh kados makatên, lêrêsipun tiyang sampun ngumur punika ugi kêdah sagêd angêcakakên têtimbangan ingkang lêrês, tuwin sampun sagêd sumêrêp dhatêng badhe kadadosaning lêlampahan ingkang sawêg [sa...]

--- 1133 ---

[...wêg] dipun lampahi, awit tuladhanipun sampun gumêlar wontên papaning batosipun.

Nanging kosokwangsulipun tumrap tiyang ingkang botên pinaringan èngêt, pêpetanganing umuripun ingkang sampun tharik-tharik tansah botên dipun cacahakên, sadaya sadaya namung dipun lampahi kanthi pêtênging manah. Sampun tamtu kemawon tumraping tiyang sampun ngumur ingkang gadhah tindak mêmêtêngi manah punika saya pêtêng sayêktos, awit prabot ingkang kangge damêl pêtêng saya mêpêki, saupami badhe dak mênang inggih dipun kawoni dening ingkang anèm, manawi dipun puruni saya mampul-mampul. Mila gampilanipun lajêng wontên ungêl: wong tuwa kaya bocah.

Tiyang sêpuh ingkang kados lare punika: wêwatêkanipun, manawi ingkang kacêtha ing pawayangan kathah sangêt, kados ta Kyai Patih Sangkuni, saputra-putranipun kapenakan sadaya, inggih punika para Korawa, limrah sami gadhah wêwatêkan kados lare, imênrêmên. anggêga kajêngipun piyambak, manawi gadhah kêkajêngan, sanadyan lêpat pisan, mêksa adrêng ngakên lêrês, dene manawi sampun kêwêlèh awonipun, malah soroh umuk. Tindak kados makatên wau rak nama nekad, ewadene mênggahing tiyang ugi botên kirang ingkang gadhah tindak kados makatên. Manawi wontên tiyang ingkang kados makatên, prayogi dipun pêpuji murih èngêtipun.

Wontên malih Sinuhun Mandura, punika ugi kêgolong kêrêp kados lare, sakêdhap-sakêdhap tansah supe, lajêng ngugêmi kêkêncênganing panggalihipun prayogi, manawi damêl panimbang nisih, upami traju anjomplang. Dene wontênipun kagungan panggalian kados makatên wau, kajawi saking adhêdhasar sêpuh, ugi mawi dhêdhasar drêngki, dene tuwuhing drêngki saking kêsêmpyok ing ombak wêwatêkaning para Korawa.

Môngka manawi ngèngêti pambêkanipun Prabu Baladewa nalika taksih anèm, alus saha sampurnaning bêbudènipun ngantos kuwawi jumênêng wasi, jêjuluk Wasi Jaladara.

Manawi mirid dêdongengan ing bab Prabu Baladewa, mênggah miribipun kalihan lêlampahanipun tiyang limrah, kenging kangge nêpakakên, bilih tiyang punika inggih kadunungan èngêt, inggih kadungan supe. Nanging mênggahing sayoginipun, yèn kêdunungan supe sampun ngantos kalajêng-lajêngakên, awit samôngsa kalajêng, sagêd ugi lajêng botên ngrumaosi supe.

Dene tumrap ing umur, prayogi kapetang, lan salêbêting ngetang wau prayogi kalihan anggêlarakên babading badanipun piyambak wontên ing batos. Babading batos wau tamtu cocog, botên nate kirang langkung.

Sampun.

Ha.

--- 1134 ---

Kawruh Jawi

Kawruh Padhalangan VII

Mênggah jarwanipun kados ingkang sampun kawulangakên wontên ing pamulangan Abirandha ing nagari Mataram makatên:

Hong: wiwit | i: ing ngriku | la: panêmbah ambal kaping 2 | hèng: lair.

Suraos: ingkang minôngka wiwitan, wêkdal punika nglairakên (ngambali saking raos kabatosan)

awigêna: kenging (kataman) | mastu: panêmbah | purnama sidhêm: kèndêl | amigêna: pamrih | mèstu: anêmbah | silat: ngluhurakên | mring: dhumatêng | Sang Hyang Jagad Karana: Sang Hyang Guru sapanginggil.

Suraos: Ngèndêlakên sadaya ingkang kataman ing panêmbah, mamrih anêmbah saha ngluhurakên dhatêng Sang Hyang Jagadnata sapanginggil.

siran: mênang | tôndha: têtêngêr | kawisesan: wênang | ing bisana: kakalung (busana).

Suraos: padosa têtêngêring pamênanging sadaya ingkang winênangakên, sarana praboting pasaksèn.

sana: panggenan | sinawung: ngrêmpaka (among) | langên: rêrênggan | wilapa: sêrat

Suraos: Papan ngriku mêngku rêrênggan, miturut sêrat (pakêm)

èstu: sayêktos, têtêp | maksih: taksih | lêstantun: lêstari (tulus) | lampahing: lampahipun | buda: budi

Suraos: Ingkang taksih têtêp lugu kabudanipun.

--- 1135 ---

jinantur: kasulap | tutur: cariyos | katula: imbang, tandhing, imbang.

Suraos: Dipun wontênakên cacriyosan, minôngka (dadosa) lêlimbangan.

tela-tela: cêtha | tulad: tiru | mring: marang ing (dhatêng) | lêbyèng: pikantuk (tumrap) | paradya: nagari.

Suraos: Ingkang cumêtha dados tuladha samukawis, ingkang mikantuki tumrap tataning praja.

winursita: kacariyos | ngupama: ngupamèkakên | pramèng: linangkung ing | nis: ical | kara: lêgi | karana: sabab.

Suraos: Ingkang nêgêsi jarwanipun punika redhaksi, amargi ingkang ngarang botên anêgêsi. Dene kajênging suraosipun kasumanggakakên.

tumiyèng: tumêlung | jaman: jaman | purwa: wiwitan | winisudha: dipun junjung drajatipun | trah ...: têdhak | ingkang dinama-dama: ingkang rinêmbag (binombong).

Suraos: Tumanduk ing jaman ingkang wiwitan, tansah anjunjung darajating têdhak turunipun.

pinardi: dipun pêrdi | tamèng: saening (utamining) | lalata: ron-ronan utawi oyod-oyodan.

Suraos: Dipun pêrdi kautamèn (kasaenan) saengga trubusan tumêngkar. Badhe kasambêtan

S. Purwawiyata.

Wêlèri, K. 3018.

--- 1136 ---

Sêratipun Petruk dhatêng Garèng

Ingkang taklim.

Wiyose, Kang Garèng, minôngka mungkasi layangku kiyi, aku tak carita lêlakonku kalane ana ing Ongaran, Sêmarang lan ing Magêlang, nanging iya bakal dak cêkaki kabèh.

Ing dina Sênèn tanggal 11 Agustus, sauwise aku andharindhil matur sêmbah nuwun marang paman utawa manèh ibuku bibi, anggone tak rusuhi lawase saminggu, aku banjur budhal mênyang Ongaran. Satêkane ing Ongaran, kagètku sêtêngah urip têmênan, awit sadalan-dalan pirang-pirang saradhadhu kang padha pating kluyur, apa manèh barêng têkan ing kawêdanan, kagètku saya tambah têlung dhit, jalaran ing pakarangan kono pating jênggênêg ana jaran Kumpêni pirang-pirang, kang anjalari pandhapaning kawêdanan anggônda arum, lir pendah: odhêkalonyê cap ... talepong.

Ana ing pandhapa kono aku dipêthukake ingkang wadana karo dèn ayune kanthi suka pirêna ing galih, sarta banjur dipapanake lungguh ana ing pringgitan. Ora suwe sugatane mêtu, kang awujud: wiski sodhah, dikanthèni dhêdhaharan warna-warna. Sajêrone padha rêrêmbugan anane pirang-pirang saradhadhu ana ing kono, kang miturut pangandikane ingkang wadana lagi padha ajar pêrang, sarana ora tak sêngaja aku galêgag-galêgêg tansah nyruput wiski sodhah. Kang mangkono mau iya ora kêna dipaido, awit wong mêntas lêlungan adoh, kathik kala samono panase kranjingan têmênan, dadi tênggorokane iya banjur garing anjraking, mulane anggonku ngombe iya prasasat ora ana haltêne, tansah dhur-dhuran bae. Nanging barêng pangombeku wiski sodhah mau wis gênêp têlung gêlas, lo, pandêlênganaku têka banjur malih. Ingkang wadana karo dèn ayune, kang padha lênggah manggihi aku, têka banjur katon mubêng-mubêng kayadene lagi padha jamuran, dalasan sakèhing saka kawêdanan bae, têka katon pating jrundhil kayadene lagi padha ambalèndèr utawa padha dhangsah cèrlêton, sing nganggo digamêli sarana jèsbèn kae. E, tobat, tobat, jawane aku kiyi kalêbu pradika eka padma sari aliyas mabuk wikrama. Ing sarèhning kalasamono aku lagi nglakoni cara priyayi, aku mêsthi isin bangêt, yèn nganti kadênangan mabukku mau, kuwatir yèn ing têmbe kanggo wêdèn-wêdèn bocah. Awit tumêkane saiki, yèn ana bocah nangis, wong tuwa anggone mêmêdèni rak mangkene: wis mênêng, le, mêngko mundhak ana saradhadhu mabuk. Nanging yèn priyayi kaya aku mabuk, ing têmbe nèk ing Ongaran ana bocah nangis, têmtune bisa uga banjur diwêdèni: mênêng, mênêng, mêngko tak undangake priyayi mabuk. Mulane aku banjur enggal-enggal nyuwun pamit karo sing kagungan dalêm sumêdya ngaso, sarta iya banjur dililani.

Sorene pandhapa kawêdanan malih dadi kamarbolah militèr. Pirang-pirang opsir kurang luwih 40 padha ngumpul ana ing kono. Ing sarèhning aku lagi dadi tamune ingkang wadana, aku banjur ditêpung-têpungake [ditêpung-...]

--- 1137 ---

[...têpungake] karo para opsir mau. Wah, Kang Garèng, kala samono mongkogku ora ngêmungake kaya dara priyayi gêdhe bae, nanging malah mundhak kaya dara pangeran, awit ing tanah Jawa kene, lumrahe bôngsa Jawa sing bisa gulang-gulung karo opsir kuwi ngêmungake para pangeran thok, jalarane ora liya, marga para pangeran kuwi sing akèh padha kagungan pangkat opsir. Mungguh tangkêpe para opsir nyang aku, ora pisan-pisan ngatonake dhuwuring pangkate utawa ungguling drajate, nanging kabèh padha andêmênakake, sêmanak lan rumakêt. Saking bungah lan gêdhening atiku, dianggêp dening para opsir kang mangkono mau, nganti mèh bae aku banjur mênyanyi: wilhèlmês. Anggonku lêlungguhan karo para opsir mau, kira-kira nganti jam 10, ing sakawit para opsir padha andangu kaanane kantor Bale Pustaka, sarta iya banjur tak aturi katêrangan sagadug-gadugku, sauwise banjur padha omong-omongan warna-warna. Eman bangêt, dene aku ana ing Ongaran ora bisa suwe, dadi ora bisa nonton kêpriye cara-carane ajar pêrang. Upama bisaa suwe mono, kira-kiraku lawas-lawas aku bisa karebelan kapintêrane, nanging dudu kapintêrane anggone pêrang, mung kapintêran anggone para opsir padha ... dhahar sênèrêt.

Esuke aku lunga mênyang Sêmarang, sumêdya andêlêng apa-apa kang prêlu ditonton. Mungguhing panêmuku kaanane ing Sêmarang sing prêlu ditêkani dening wong mônca kuwi mung têlung panggonan, yaiku: 1e. kampung gêmintê, 2e. candhi lan 3e. pasar Johar. Kajaba iku iya isih ana manèh liya-liyane, nanging nèk aku ora pati wigati kayadene têlung panggonan, kang wus tak caritakake ing ngarêp. Jajal tak caritakne sabab-sababe dene aku ngarani mung têlung panggonan kiyi, sing prêlu kudu diwigatèkake dening para ngamônca.

1e. Kampung gêmintê. Ing kono, Kang Garèng, kowe bisa nyumurupi kaanane sawijining kampung yêyasane gêmintê, minôngka kanggo mitulungi wong-wong sing pamêtune mung samadya. Wong iya kampung yêyasane gêmintê mono, katone iya rêsik gêmrining, omah-omahe cilik-cilik, nanging prêkis-prêkis lan kompêlit, têgêse: padusane ana, pakiwane iya ana, tur omah-omahe mau wis mêsthi ngênggoni pranataning kuwarasan, kathik sewane murah-murah. Dadi kanggone wong-wong sing pamêtune mung samadya, iya wis mathuk bangêt. Yasa kampung sing kaya mangkono mau mula utama bangêt tumraping kutha-kutha sing pancèn kêkurangan omah sewan, ing kono dadi cêtha wela-wela, yèn gêmintê pancèn migatèkake marang kabutuhane wong cilik têmênan, lan dhuwite ora dibuwang-buwang sing kanthi muspra. Aja kok dhuwite pijêr-pijêr dipigunakake kanggo subsidhi marang tukang-tukang dhangsah sing têka mrene bae.

2e. Candhi. Mungguh anane gêdhong-gêdhong ing candhi, kuwi pancèn iya ngedab-edabi têmênan. Kajaba rupane padha endah-endah, padha gêdhêm-gêdhêm, padha sêmangêr-sêmangêr, anggone yasa kuwi padha ana ing pucuking pagunungan utawa gumuk.

--- 1138 ---

Kala samono aku banjur gawe petungan, mungguh karampungane pitunganaku mau, jêbul anggone ngusungi pirantining gawe omah bae, waragade wis kêna gawe ngêdêgake omahmu utawa omahku salosin cacahe. Wah, Kang Garèng, yèn ngilingi isih akèh wong, sing saka mlarate yèn wêngi padha turu nyang bango utawa nyang taritikane wong liya, banjur andêlêng omah-omah ing candhi, nalangsaning ati ora beda kaya wong sing tinolak panglamare.

3e. Pasar Johar, iki pantês ditêkani, awit saoto lan satene Mêdura nyamlêng bangêt rasane.

Sauwise aku mubêng-mubêng sawatara jam, aku banjur bali nyang Ongaran, lan esuke têrus mênyang Magêlang.

Mungguh kaanane ing Magêlang sajake isih ajêg kaya limang taun kang kapungkur. Mung ing bab rong prakara sing katone tansah maju bae, yaiku: anggone akèh para priyayi padha nglakoni ngibadah, nanging uga akèh sing padha nglakoni ... kêplèk.

Ana ing Magêlang aku mung têlung dina, sabanjure aku mulih nyang Batawi, prêlune aja nganti kasèp bukake Pasar Gambir. Wis, samene bae, liya dina padha têmon rêmbugan anane Pasar Gambir.

Rayinta, Petruk.

[Grafik]

Tuwan H.F. Tillema, tiyang ahli kawruh Indhia, mitongtonakên pilêm angsal-angsalan saking Borneo, wontên ing nagari Walandi.

--- 1139 ---

Wawasan Nagari Mônca

Jaman Paprangan Inggih Jaman Kasusahan

Wiwit ing jaman kina dumuginipun jaman sapunika pisan, lêlampahan ingkang dados pêpèngêtan saha ingkang tumanêm piyambak, punika namung jamaning pêrangan, manawi tumrap ing bôngsa Jawi, ucap pêrangan ingkang kina piyambak, pêpêranganipun Pandhawa kalihan para Korawa, umumipun malih lajêng nyandhak pêrangan ingkang kasêbut ing sêrat-sêrat Babad Tanah Jawi, dene ingkang anèm piyambak jaman pêpêrangan Dipanagaran. Jalaran saking taksih cêlak wontên ing ucap, bab titimôngsa utawi ancêr-ancêr ingkang kina, kêrêp nyarambahi mungêl Dipanagaran. Dene wontênipun dipun ucapakên wau, awit satunggal kalih taksih wontên kêkantunaning tiyang kala jaman Dipanagaran wau, mênggah gampilaning ancêr-ancêr ingkang tanpa pathokan taun, jaman Dipanagaran punika jamaning êmbahipun tiyang ingkang sapunika sampun umur-umuran 60-70 taun.

Manawi ngèngêti cêcariyosaning jaman pêpêrangan, tiyang lajêng sagêd angraosakên dhatêng sangsaranipun tiyang siti ingkang kablabagan, dene tumrapipun tiyang ingkang tumandang ing damêl, sampun botên prêlu kaucapakên malih, awit sampun nama maha rêrêmpon.

Dumuginipun ing môngsa punika, mênggahing jaman pêpêrangan agêng ingkang dipun èngêti, inggih punika ingkang limrahipun dipun wastani pêpêrangan donya, wontênipun dipun wastani pêpêrangan donya, awit karajan ing sadonya mèh tumut pêpêrangan sadaya.

Ing salêbêtipun môngsa pêpêrangan wau, sintêna kemawon tamtu sagêd ngraosakên ing bab agênging kasusahanipun têtiyang ingkang gêgayutan kalihan pêpêrangan. Tumrap tiyang ingkang wontên ing pêpêrangan, kajawi ngraosakên rêkaosing padamêlan, ugi ngraosakên rêkaosing batos ing bab anggènipun pêpisahan kalihan kadang warga. Saking danguning anggènipun nandhang rêkaos, manawi nuju manggih kasênêngan sawatawis kemawon, sampun rumaos manggih kabingahan agêng. Upaminipun ing kalaning taun baru, sawêg sagêd ngaso asuka wilujêng kalihan kônca kemawon, sampun araos amanggih kanugrahan agêng. Dados raosing kasênêngan ingkang pinanggih wau, atêgês kasênêngan ing salêbêtipun kasusahan. Dene tumrap raosing manahipun ingkang dipun tilar, inggih punika kulawarganipun, tamtu ajur arontang-ranting. Yèn tumraping gurulaki, pun rabi tansah anyanggi uwas kuwatos, dening ngèngêti gurulaki punika dados pangayoman. Yèn tumraping biyung dhatêng anak, araos dipun urugi ing kasusahan, dening ngèngêti anak punika gêmpalaning badanipun piyambak. Saya tumraping tiyang ingkang kablabagan, ingkang nagarinipun dados papaning paprangan, ruharaning manah anggènipun angraosakên pêpêranganing kulawarga, taksih dipun wêwahi was kuwatos, dening nagarinipun [nagarini...]

--- 1140 ---

[...pun] tinêmpuh ing pakêwèd. Mênggah raosing kasusahanipun tiyang ingkang kêblabagan papan pêpêrangan, kala jaman pêpêrangan ing Eropah, ngantos dipun raras ing kidungan makatên:

môngsa pêtêng nutup praja kasusahan / tapak kapal nyuwara alon-alonan / dening cape saking kasok kasayahan / tanpa kêndhat saking ing keblat sakawan //

pêpêtêng kang dhumawah ing dalu wau / sinarêngan swara gumaludhug sêru / suwaraning sêpur kang kasaput dalu / kang araos damêl sêpêting pandulu //

panyênthiting sêpur asuwara tangis / tanpa kêndhat samargi-margi naritis / ngècèri rah saking tiyang tatu tapis / kang binêkta sêsambat kamoran tangis //

dhumawahing pêpêtêng kalaning wêngi / tanpa kêndhat tiyang tumandang anggili / jroning susah kêpêksa têtêp nindaki / mrênahakên warga kinubur ing bumi //

lumintuning tindak kang araos susah / linampahan tanpa mawi ngadhuh ngêsah / saking kasok dening kapêtêk ing sayah / kang tumanêm manjing salêbêting manah //

yèn sinawang papan pasitèn ing kubur / tansah mindhak tanpa sêngsêm tanpa dhapur / sêsêg dhacah angêbêgi ngangsêg ngangsur / kang araras baris wus koncatan umur //

sumirating surya sêrap taksih kengis / amadhangi kumêmbênging mripat nangis / bapa biyung anak lan bojo katawis / kêpêpêtan budi koncatan mêmanis //

raosing kang pêpêtêng pindha pangêsah / sêsambating tiyang apês tanpa polah / sêsirating padhang kang raos sumringah / kados sampun rinêgêm wontên ing mêngsah //

kêkidungan ingkang kadhaton makatên punika anggambarakên raosing nagari dalah têtiyangipun ing kalaning pêpêrangan, lan ing ngriku katingal, bilih sêsambating têtiyang adhapur pangêsah kaworan panalôngsa. Dados mênggahing paprangan punika atêgês kasusahan.

[Grafik]

Bôngsa luhur ing Ngayogyakarta nuju garêbêg Mulud badhe dhatêng mêsjid Agêng.

--- 1141 ---

Rêmbagipun Garèng lan Sêmar

Bab Imigrasi

(Sambêtipun Kajawèn nomêr 69)

Garèng: Ambanjurake anggone rêmbugan lagi anu, kajaba patang prakara sing wis tak aturake ing ngarêp, isih ana manèh, ma, sing pantês diwigatèkake. Yaiku 5e wayahe nyambut gawe bok aja suwe-suwe. Hla wong sadina anggone nyambut gawe kok dipasthèkake kudu 10 jam, ing môngka lumrahe, wong kuwi anggêr ditêmtokake nyambut gawe 10 jam, anggone ninggal omahe apês-apêse iya kudu 11 jam, awit saprapat jam sadurunge wiwit nyambut gawe kudu wis sadhiya ana ing papan pagaweane, lan lakune saka ngomah têkan ing pagawean, rikat-rikate iya mêksa ana saprapat jame dhewe. Saikine yèn bubar pagawean. Nèk jênêng kuli kuwi, apa nèk kalonèng: bubar pagawean, iya banjur: plêncing kêna mulih, wiyah, iya wis ora bae. Mêsthine nganggo dilanjari nyambut gawe apa-apa liyane, sing ora kurang saka saprapat jam tumêkane satêngah jam. Cêkake anggone ninggal omahe kuwi, sadina-dinane apês ambalêbês iya ora kurang saka 11 jam. Hara, apa mèmpêr, sadina kuwi mung ana 12 jam, anggone nyang paran kok kudu 11 jam. Hla, saiki, nèk duwe anak, wêktune kanggo nglela-nglela wis turua, êndi, lan yèn mêntas dadi pangantèn, iya ora ana wêktune kanggo gojèg karo nyaine.

[Grafik]

Sêmar: Sanyatane mono iya pancèn kêsuwèn, yèn dipêsthèkake kudu nyambut gawe 10 jam, utama-utamane wong nyambut gawe kuwi iya 8 jam, dadi bisa duwe wêktu kanggo nindakake kuwajibane ngibadah, lan bisa cukup anggone ngrasakake sênênge wong omah-omah.

Garèng: Pancèn iya mêngkono. Kang 6e dina gêdhe kang gêgayutan kambi agama, kuwi pantêse iya kudu diliburake, cikbèn wong-wonge bisa nindakake agamane kanthi têmên-têmên.

Sêmar: Iki aku iya mupakat, nanging kiraku iya rada angèl anggone ngêcakake, awit kowe kudu ngèlingi, Nala Garèng, sanadyan wong Jawa kuwi umume padha agama Islam, nanging sanyatane rak ora kabèh, ana sing agama Nasrani, [Na...]

--- 1142 ---

[...srani,] Buda, Jawa lan sapanunggalane, apa karêpmu anggêr dina gêdhe sing gêgayutan karo agama, banjur diliburake bae, wah, nèk ngono sataun-taune pirang dina bae sing kudu diliburake. Dina-dina gêdhe sing gêgayutan karo agama Islam utawa Kristên, kowe dhewe wis wêruh, dadi ora prêlu tak caritakake nyang kowe, hla, kiyi wis pirang dina bae. Durung dina-dina sing gêgayutan karo agama liyane, kaya ta: slamêtan maesa lawung, mèngêti: wuku Galungan, wuku Sinta ...

Garèng: Hara ta kono, kok banjur sing-sing ngono sing digandikakake, mêngko suwe-suwe rama ngandikakake: dina amèngêti sedane Sang Konghucu, utawa murcane Sang Gotama saka karaton Kapilawastu, lan sapanunggalane. Sing tak karêpake dina gêdhe kang gêgayutan karo agama, kuwi iya wis mêsthi yèn dina gêdhe sing wis diakoni dening nagara, kaya ta: mekrade Kangjêng Nabi Muhamad S.W.S., mekrade Kangjêng Nabi Ngisa S.W.S, garêbêg Bêsar, lan sapiturute.

Sêmar: Iya, Nala Garèng, bocah bagus, bocah manis, bocah gêmrèncèng, aku wis ngrêti saikine. Nèk mêngkono karêpmu, kiraku iya bakal bisa tinurutan. Saiki apa manèh sing isih andadèkake kliliping matamu.

Garèng: Dene kang 7e ing bab pituwahe wong-wong sing padha nyambutgawe, kiyi bok dipranata kayadene dara priyayi sathithik, têgêse: nganggo dipromosi barang kae. Undhaking pituwah kiyi aja banjur: jrèt, dibayarake bae, nanging anggone mènèhake sabubare kontrake, dadi minôngka dhuwit pasangon. Iya wis mêsthi ta, yèn sing olèh undhakan mau ngêmungake wong-wong sing pêng-pêngan panyambutgawene bae, sarta sing bêcik kalakuane.

Sêmar: Iki iya pancèn apik bangêt, apa manèh ana ing ... krêtas. Nanging mungguh kaanane sing têmênan, murih katrima anggone nyambut gawe kuwi rêkasa êmbah buyuting rêkasa. Wong aku dhewe wis tau ngalami, nalikane aku andhèrèk nyambut gawe bêndara sindêr. Anggone nyambut gawe tak pêng bangêt, nganti ora kuciwa babarpisan, kalakuanaku tak ati-ati bangêt, tak jaga aja nganti olèh cacadan, cêkake anggonku dadi kuli kiyi wis samêsthi-mêsthine. Ewadene sabên dina dara sindêr karo aku mêksa tansah cumêri-cêri bae, jalarane ora liya, amarga aku ora bisa anggolèkake ... slop jalinggring.

Garèng: Mungguh pangandikamu kiyi iya bênêr bangêt, ing jaman saiki kiyi iya pancèn isih ana panggêdhe sing ora bisa ambedakake dhinês lan partikulir, malah aku wis tau krungu sawijining bupati sing andhawuhake wêdanane anggêntèni motore kanthi bayar kontan. Barêng ora saguh, nang kondhisi sêtate wadana mau banjur diunèkake: Ongeschikt. Lo, sanadyan isih ana wong dadi panggêdhe sing budine isih cêkak mangkono, nanging nèk wis ana pranatane, rak banjur bisa ana pangarêp-arêpe.

Sêmar: Iya bênêr kandhamu, Nala Garèng. Kayadene anane pranatan tumrape wong nyambut gawe, [ga...]

--- 1143 ---

[...we,] kuwi ora gumantung marang bôngsa utawa kêkulitane, nanging gumantung marang kapintêrane, kang mangkono mau, wong Jawa mêsthi banjur tansah bisa duwe pangarêp-arêp, yèn ing têmbe mêsthi bakal ana wong Jawa sing bisa dibênum dadi dhirèktur, nanging iya dhirèktur ... wayang wong.

Garèng: Wiyah, rama kiyi kok banjur ngandikakake barang sing ora-ora. Anggonku matur, supaya dianani pranatan promosi, undhakaning pituwah wong-wong sing nyambutgawe nyang sabrang kudu diwènèhake sabubare kontrake, kuwi prêlune: cikbèn wong-wonge padha luwih sêngkut anggone nyambutgawe, lan sathithik-sathithik banjur padha duwe simpênan dhuwit, awit ing tanah sabrang kuwi, kaya sing wis dirêmbug ing ngarêp, main: dhadhu, kêplèk, bakaran tansah dijor bae. Apa manèh jarene ing kana kuwi apa-apa larang. Dadi nèk nganthongi dhuwit, karêpe iya arêp dibuwang bae. Kaya wis cukup, ma, anggone padha rêmbugan ing bab imigrasi, aku matur sêmbah nuwun bangêt, dene panjênêngane rama wis maringi katêrangan sing galik-galik bangêt. Nanging mungguhing panêmuku, bisane imigrasi kuwi maju, lan bisa tumindak gêdhèn-gêdhènan, ngêmungake anggêre sing wajib krêsa migatèkake anane 7 prakara sing wis tak aturake nyang rama mau.

Ing Parêdèn

[Grafik]

Gambar nginggil punika karêtêg sêpur antawisipun Garut kalihan Cikajang, anglangkungi lèpèn Cimanuk.

--- 1144 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah.

Sêrat kabar Berita Indonesia.

Rumiyin sampun nate wontên pawartos, bilih Mr. Ali Sastraamijaya badhe ngêdalakên sêrat kabar. Sapunika sampun wontên pawartos ingkang gumathok, sêrat kabar wau badhe kawêdalakên benjing tanggal 1 Oktobêr, kanamakakên: Berita Indonesia. Sêrat kabar wau wêdalipun sabên dintên, dipun biyantu dening Dr. Sutama, Dr. Samsi, Mr. Sartana, Radèn Rujita tuwin sanès-sanèsipun.

Bupati ing Prabalingga.

Radèn Puja, patih ing Jêmbêr, kawisudha jumênêng bupati ing Prabalingga, sêsêbutan radèn tumênggung.

Kabêsmèn.

Kawartosakên, ing dhusun Sikur, Lombok, wontên griya kabêsmèn, sadaya têlas 3500 wuwung, kapitunan f 75.000.-

Gêdhong kabangsan.

Wontên pawartos, saking pambudidayanipun Tuwan Sudarya, ing Surakarta, nêdya badhe damêl gêdhong kabangsan kados Surabaya.

Palapuran Dhigul.

Kawartosakên, sèkrêtaris rad kawula sampun nampèni palapuranipun paduka Tuwan Hillen ing bab Dhigul, saking parentah. Palapuran wau lajêng kakintunakên dhatêng kantor pangêcapan gupêrmèn. Kintên-kintên botên dangu lajêng sumêbar.

Dr. Ratulangi kaawisan malêbêt dhatêng tangsi.

Pangagênging militèr ing Cimahi ngawisi Dr. Ratulangi malêbêt dhatêng tangsi, awit kamanah dados tiyang juru ngojok-ojoki, lan pangagêng wau ngawisi dhatêng Perserikatan Minahasa ngangkat Dr. Ratulangi dados parampara. Bab punika tamtu badhe dados rêmbag ing rad kawula.

Wanita santosa ing budi.

Pulisi ing Surabaya mêntas andênangi sopir prahoto nama Ngat, ingkang sajatosipun tiyang èstri. Sarêng kapriksa ngakên nama Ngatminah, wontênipun amindha-mindha jalêr, namung prêlu kangge pados panggêsangan, awit manawi namung nyambut damêl kados sacaraning èstri kemawon, botên sapintêna angsal-angsalanipun. Rèbêwisipun Ngat lajêng dipun têdha ing pulisi, saha lajêng kasantunan rèbêwis ngangge nama Ngatminah, kenging nglêstantunakên padamêlanipun, nanging kêdah cara èstri. Pinanggihipun malah saya anggawokakên, awit ingatasing èstri sagêd nindakakên padamêlan sopir, wah sopir prahoto.

Madura nyawungakên warga rad kawula.

Saking gêlênging rêmbagipun golongan Madura, badhe nyawungakên dhatêng rad kawula: 1. Radèn Sasraadikusuma, wêdalan Opledings-school, tilas wadana, warga rad kabupatèn ing Sampang. 2. Tuwan Tabrani, wêdalan Osvia redhaktur Revue Politiek ing Batawi. 3. Tuwan Natayuda, wêdalan Landbouwschool, guru Normaalschool ing Jêmbêr.

Mr. Iskak, dados saksi.

Jalaran saking wontêning papriksanipun Ir. Sukarna mawi anggayut Mr. Iskak, sagêd ugi Mr. Iskak kagayut dados saksi prakawis P.N.I.

Arta kêrtas alit sampun têlas.

Sampun kalih têngah taun punika Javasche Bank tuwin kantor arta nagari, narik wangsuling arta kêrtas alit ingkang rêgi nyarupiyah, badhe kasirnakakên. Tumrapipun ing Bêtawi arta nyarupiyah wau sampun rêsik, sawarnining bang botên ambayari ngangge arta kados makatên malih. Saha botên dangu badhe wontên arta kêrtas nyarupiyah enggal.

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana dhatêng Siyêm.

Kados ingkang sampun kawartosakên ing Kajawèn, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana badhe dhatêng Indo-China. Ing sapunika wontên pawartos malih, awit saking panyuwunipun parentah Siyêm, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana kaaturan rawuh ing Siyêm, laminipun saminggu, badhe kapêthuk wontên ing sêtatsiun Aranya Prades, watês Indo-China kalihan Siyêm. Pahargyanipun ing Siyêm badhe agêng-agêngan.

Wara-wara

Nyarêngi kalamangsanipun, sarèhning ing wêkdal punika ing Bêtawi nuju wontên Pasar Gambir, wêdalipun Kajawèn benjing Sabtu ngajêng punika, kawêdalakên: nomêr Pasar Gambir. Mênggah isinipun maligi bab kawontênaning pasar Gambir.

--- 1145 ---

Asiah.

Bab bangsabôngsa. Eropah ingkang dados tawanan.

Pèiping 24 Agustus (Aneta-Nipa). Wontên pawartos ing bab anggènipun mardikakakên Nettleton tuwin Harrison. Tuwin jalaran saking pangagêng militèr sampun nyatakakên, wontên tiyang awon 3000 kêsêsêr sagêd piyak, kakintên lajêng tumuntên sagêd mitulungi. Nanging pangagêng ngamônca gadhah pangintên dèrèng tamtu sagêd manggihakên, ewadene mêksa tumindaking damêl kanthi rêrêmbagan.

Anggantungi ganjaran.

Syanghai 25 Agustus (K.P.). Syang Kai Sèk, anggantungi ganjaran murih katêtangining wadya. Sintên ingkang sagêd ngèngsêrakên golongan pambrontakan, saha ngêbroki Kungsun, kaganjar 20.000 dholar, lan sintên ingkang sagêd ngrêbat Lohyang tuwin Cèngco, kaganjar sayuta dholar.

Pamêndhêt dhatêng bôngsa Kurdhistan.

Angora 28 Agustus (Aneta-Nipa). Wontên tiyang bôngsa Kurdhistan, dipun cêgah têdhanipun dening parentah Turki wontên ing parêdèn Ararat, wusana lajêng sami têluk. Saha salajêngipun adamêl kêndhoning golongan karaman.

Eropah.

Wontênipun tiyang nganggur suda.

London 26 Agustus (Aneta-Nipa). Wontênipun têtiyang ingkang nganggur ing Inggris, kala tanggal 18 wulan punika 2.017.000, king sapunika sampun suda 32.780.

Nagari Walandi.

Pasamuwan pèngêtan.

Nijmegen 26 Agustus (Aneta-Nipa). Ing nagari Nymegen ngawontênakên pasamuwan agêng-agêngan, mèngêti adêging kitha sampun 700 taun.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 4450 ing Paterongan. Sêrat Yudagama botên sade. Graaf de Monte Cristo, 6 jilid tamat rêgi f 3.-.

Lêngganan nomêr 1150 ing Tanjungmalang. Anggèn panjênêngan ngintuni bayaran tumrap kuwartal III randhat sangêt, ngantos katêlasan Kajawèn 57 dumugi 61. Kajawèn ingkang botên katampi ing salêbêtipun kuwartal kaping I lan II, manawi sapunika sawêg kaojèlakên, sampun tamtu botên badhe pikantuk lintu, jalaran sampun têlas. Benjang malih manawi botên tampi Kajawèn, kula aturi enggal paring priksa, salêbêtipun saminggu.

Lêngganan nomêr 1266 ing Parengan. Wisêl f 1.50 sampun katampi. Punika tumrap bayaran kuwartal 1 taun 1931. Amila manawi dèrèng nampi tagihan, panjênêngan sampun ngintunakên bayaran rumiyin. Repot tumrap administrasi.

Lêngganan nomêr 2125 ing Pêrêla (Acèh) bayaran tumrap kuwartal 3 lan 4 sampun katampi. Kajawèn ajêg kakintun. Anèhipun dene botên dumugi. Dhuplikat ugi sampun kakintun, nanging nomêripun botên sagêd urut, jêr kathah ingkang sampun têlas.

Pawartos Wigatos

Kajawèn botên kêndhat tansah ngudi murih rênaning para maos, dene pinanggihipun makatên:

Wiwit benjing wulan Oktobêr ngajêng punika, wêdalipun Kajawèn sabên dintên Sabtu badhe dipun kanthèni waosan lare, cacah 4 kaca, dados gunggung kêmpaling kacanipun Kajawèn sabên ing dintên Sabtu 20 kaca. Rêginipun têtêp botên antêp, inggih namung f 1.50 sabên tigang wulan. Sakeca.

Mênggah wêwahing waosan lare wau, tumrap para lêngganan tamtu manggih karênan, awit putranipun lajêng rêmên maos, suda anggènipun dolan, tur ngindhakakên sêsêrêpan.

Mila murih botên kacuwan, para lêngganan ingkang dèrèng ambayar rêgining Kajawèn kuwartal 4 kaparêng lajêng ngintunakên. Ngèngêtana, bilih suwaking Kajawèn dhatêng lêngganan ingkang dèrèng ambayar, atêgês adamêl cuwaning putra.

--- 1146 ---

Wêwaosan

Sêrat Ramayana

11.

[Pocung]

têmah nuntun pulihing katrêsnanipun / sang kêkalihira / dupi gêrah sri bupati / mung sang dèwi kang cinakêt sri narendra //

jroning giyuh sri narendra adhêdhawuh / yayi sun wêwarta / lêlakon ingsun ing nguni / duk kalane ingsun maksih sinatriya //

dahat punjul tan ana janma kang nyundhul / kaluwihan ingwang / salwiring ulah jêmparing / tatas titis datan nate mindho karya //

duk puniku amarêngi môngsa nuju / tan pisan anjarag / ingsun nêdya anjêmparing / duk lumêpas ngênani janma taruna //

mung kaliru saka salura-saluru / dening sun miyarsa / krêbêking klênthing ing warih / ingsun sêngguh pambêngoking kang dwipangga //

saking gugup lêpasing hru kadi mrucut / angênani janma / kang lagya angangsu warih / kapisanan tanpa sambat praptèng lena //

janma iku atmajaning maha wiku / riwusing uninga / dahat duhkitaning ati / amung ketang èngêt tiwasing atmaja //

nulya muwus kadi nêpatani tumus / hèh Sri Dhasarata / baya andika pinasthi / têmbe seda jalaran ngraoskên putra //

palêstha wus sri nata dènira muwus / nulya nênggak uswa / ing tyas kadya katêtangi / ing wusana sri nata tumuli seda //

utusan wus praja Ayodya kawuwus / maring prajanira / Barata kawarnèng nguni / kang ngadhaton têbih lakon pitung dina //

awit tuhu Sang Barata antuk laku / kang wajib kajibah / mring nata ngupakartèni / kongsi purna praptaning sumare nata //

wusing rampung iyêging janma gumrumung / asayuk sarêmbag / lamun Sang Barata mangkin / kang pinasthi têtêp gumantya narendra //

nanging kukuh Sang Barata datan saguh / gumantya narendra / dening rumaos tan wajib / awit ketang mung kaprênah kadang mudha //

wusing rampung dènira ngrukti sawêgung / gatining kasedan / Sang Barata undhang nuli / dhawuh mêpêg sanggyaning kang wadyabala //

kang tinuju / ngupaya raka ing dangu / sang satriya Rama / kang nèng wana amlasasih / wusing sampat nulya sami bêbudhalan //

gumarubyug tan pae wadya anglurug / ing samarga-marga / wèh kasamaraning ati / têmah dadya tuwuhing kaliru tômpa //

samya nyêngguh prajurit anêmpuh mungsuh / desa kang kamargan / janmanira samya ngungsi / saking samar manawa antuk bêbaya //

kang winuwus ciptanira sang binagus / datan pisan cidra / malah dahat nayogyani / mring Sang Rama kaparêng jumênêng nata //

marma gupuh nêdya sowan makidhupuh / mring ngarsaning raka / mangkya nêdya amboyongi / kaparênga Sang Rama kondur mring praja //

nanging wantu wataking janma kalaku / tuwuhing pangira / bangkit mawèh kliru tampi / kang tinêmu tuwuh sônggarungginira //

yèku sagung janma kang tan ngrêti dunung / nyêngguh praptanira / Barata tan gawe bêcik / kang sayêkti mung arsa cidra mring raka //

dangu-dangu warta kang samya rinungu / datan pisan nyata / malah kinosokawali / jatinira Sang Barata amrih arja //

dènnya nêru maring wana mawa laku / jalaran kasêsa / dènira arsa kapanggih / lawan raka kang kasangsara nèng wana //

tindakipun Sang Barata amlasayun / nasak wanawasa / tumuruning padhas curi / kang arumpil gampil amangguh bêbaya //

sruning laku wusana bagya tinêmu / asramaning raka / nèng madyaning wana sêpi / anggung samya nêru puja sang katiga //

duk puniku Laksmana ciptaning kalbu / adarbe pangira / Barata atindak sisip / marma tambuh anrapkên duga prayoga //

sarwi gupuh Laksmana prayitna kukuh / rumêksa ing raka / têtêg nêdya nanggulangi / aywa kongsi Sang Rama wigar ing puja //

traping laku datan kawistarèng sêmu / ananging sanyata / kukuh dènira ngalangi / mrih Barata wangsul malih maring praja //

nanging luput tuwuhing cipta kang lacut / awit Sang Barata / riwusing cakêt tumuli / gurawalan angraup padaning raka //

sarwa matur rinungu tangis tumutur / dhuh sêmbahan kula / mugi kaparênga mangkin / kondura mring Ayodya jumênêng nata //

dhuh pukulun ing mangkya kangjêng sinuhun / apan sampun seda / tan wontên wajib sumilih / mung paduka ingkang têtêp jumênênga //

duk angrungu Sang Rama karasèng kalbu / umèngêt sri nata / amurwèng kasidan jati / ing wusana mung sukur maring jawata //

nulya dhawuh Barata ingsun tan saguh / lan wêdi anêrak / dhawuhe nata suwargi / kang dhumawuh iya maring raganingwang //

duk ing dangu dhêdhawuhe rama prabu / pan ingsun binuwang / lawase patbêlas warsi / ing têtêpe ingsun kudu tan lênggana //

dadi ingsun tan kêni amudhar kayun / wigaring pidesa /pidosa. kang wus dhinawuhkên pasthi / lamun oncat ingsun aran antuk cidra //

kang kadyèku sun arsa nêtêpi laku / tindak maratapa / praptaning patwêlas warsi / lah wis kulup Barata sira balia //

tansah matur Sang Barata lan ngêngimur / nanging mêksa panggah / Sang Rama lir gunung wêsi / datan obah tinêmpuh ing bayu bajra //

têmah luluh Sang Barata angêmu luh / mundur palarasan / sêmuning netya katawis / dahat kasok lupa miwah kasayahan //

tan winuwus praptaning praja sang bagus / nulya atur rêmbag / mring Dèwi Kosalya murih / kaparênga ngêngimur marang Sang Rama //

sang dyah ayu ing galih dahat panuju / nulya abudhalan / satriya Barata ngiring / sarwa sangkêp miranti kaprabon nata //

prapta sampun nèng pratapan dahat samun / pinapag pra putra / sêsarêngan saos bêkti / wusing tata ngandika Dèwi Kosalya // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1147] ---

Ôngka 72, 11 Rabingulakir, Taun Jimawal 1861, 6 Sèptèmbêr 1930, Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50. Bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Ngobrol ing Dintên Sabtu

Wawasan kawontênanipun karamean ing Batawi laminipun 16 dintên

Wêdaling Kajawèn ing dintên punika ngêmungakên ngêwrat kawontênanipun karamean Pasar Gambir ing Batawi, ananging ing sarèhning wontênipun Pasar [Gambir nyarêngi] pahargyan sanès-sanèsipun, kados ing ngriki [prêlu badhe] ngobrol adamêl wawasan mênggah wontênipun karamean-karamean wau.

Pasar Gambir sapisan punika, pancèn kadamêl agêng-agêngan sayêktos, jalaran anyarêngi tigang prakawis, ingkang pantês dipun pèngêti, inggih punika: 1e. yuswa dalêm Sri Nata Dèwi jangkêp 50 taun, 2e. wontênipun Pasar Gambir kalêrês 10 taun lan 3e. panjênênganipun Tuwan Mr. Meyroos anggènipun ngasta bêrgêmistêr ing Batawi ugi sampun jangkêp 10 taun. Amila wontênipun pahargyan inggih tansah têrus-têrusan kemawon. Kajawi punika, dilalah ing Batawi kala punika katamuan prayagung saking môncanagari, inggih punika Paduka Tuwan Sir Cecil Clementi, gupêrnur ing Singgapura. Amila wontênipun pahargyan lajêng dipun lanjari malih.

Mênggah wontênipun Pasar Gambir sapisan punika, kajawi papanipun pahargyan langkung dipun agêngi katimbang ingkang sampun-sampun, wiwitipun ugi langkung dipun gasikakên. Ingkang limrahipun sawêg dipun wiwiti ing tanggal 28 Agustus, sapisan punika Pasar Gambir dipun wiwiti ing tanggal 23 Agustus, dados anggènipun anggasikakên wau wontên 5 dintên, wontênipun Pasar Gambir dipun gasikakên wau, tumraping tiyang ingkang jêmbar budinipun, tuwin sagêd angampah hawa napsunipun, pancèn inggih sae, awit tiyang ingkang makatên punika, manawi taksih sêpên ing arta, sabab dèrèng blanjan, inggih dipun pilalah thênguk-thênguk wontên ing griya katimbang ambucal arta sarana tharethekan. Dene manawi sampun nampi blônja, inggih botên manawi lajêng angayang anggènipun sênêng-sênêng minôngka nututi karugianipun anggèning tansah thênguk-thênguk wontên ing griya wau. Nanging emanipun wontên ing donya punika, dene sakathah-kathahipun têtiyang ingkang samantên bêbudènipun, têka taksih langkung kathah têtiyang ingkang rêmên nguja hawa nêpsunipun, ingkang botên pisan-pisan ngèngêti dintên pawingkingipun, têmbungipun ngêmungakên: asal saiki sênêng, dene pêmburine kuwi: pêrkara blakang.

Mênggah wiwitipun Pasar Gambir dipun ajêngakên wontên ing tanggal 23 Agustus, punika bokmanawi pangrèhing Pasar Gambir inggih botên gadhah sêdya ngakali dhatêng artanipun têtiyang siti, tôndha yêktinipun: 1e. bayaran lumêbêtipun dhatêng papan karamean, tumrapipun tiyang siti kadamêl andhap sangêt, 2e. makatên ugi sadaya tontonan, tiyang siti namung katarik bayaran sakêdhik sangêt, lan 3e. kajawi: ringgit tiyang, kêthoprak, tuwin dhogèr, prasasat botên wontên têtingalaning tiyang siti, sadaya kenging dipun wastani têtingalan Eropah. Ewasamantên tumraping sawênèhing têtiyang siti, Pasar Gambir wau mêksa anjalari tuwuhing sêkar Dhandhanggula, ing-

--- 1148 ---

Tamu Agung saking Singgapura

[Grafik]

Ing nginggil, gambar nalika Ingkang Wicaksana Sir Cecil Clementi gupêrnur Singgapura rawuh ing Batawi, kalihan gupêrnur jendral ing ngriki, mriksani baris kaurmatan. Gambar ing têngah, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana kalihan para agung badhe mapag tamu. Ngandhap sisih kiwa, kareta pêthukan tamu. Ngandhap sisih têngên, pêpanggihaning gupêrnur jendral ngriki tuwin tamu.

--- 1149 ---

kang makatên ungêlipun:

lara-lara larane kang ati / nora kaya wong tininggal arta / kang wus têlas piandêle / lipure yèn wus turu / lamun nglilir ya angot malih / samubarang katingal / têka dadi mungsuh / tan kêna wong sarwa pêthak /pêdhak. pan kinira Cina prapta arsa nagih / atine tarataban //

bokmanawi jalaranipun kajawi kathah-kathahing tiyang siti punika pancèn rêmên dhatêng ambucal arta ingkang tanpa dugi-dugi, ugi jalaran saking pamilihipun dintên wiwitanipun. Awit têtiyang siti ingkang dêdunung wontên ing kitha agêng punika, sanadyan wontên ugi ingkang gêsangipun sarana dagang, nanging ingkang kathah-kathah sami kalêbêt bôngsa bêrahan. Lan limrahipun bayaraning bêrahanipun wau botên ngêmungakên cumpèn kemawon, nanging ingkang kathah-kathah malah kirang. Dados manawi sampun dhawah tanggal 23 punika, limrahipun kanthong inggih sampun kothong. Yak, kok tanggal 23, kados-kados inggih kathah kemawon, ingkang sadèrèngipun tanggal 10 blanjanipun sampun lidhis, malah sok wontên ingkang blanjanipun namung langkung kemawon.

Cêkakipun mênggahing tiyang siti, manawi sampun tanggal 20 mrika punika, ingkang kathah-kathah dhumpètipun inggih sampun kêmpès thik mawi sangêt. Nanging bawanipun tiyang rêmên nguja hawanipun, saking daya-dayanipun kêpengin ningali bikakipun Pasar Gambir, sanadyan botên gadhah arta babarpisan, inggih mêksa dipun lampahi pados-pados, wontên ingkang anggantosakên barangipun ingkang ragi pangaos, nanging ugi wontên ingkang nekad nyambut-nyambut, sanadyan anggènipun mangsulakên kanthi anakan awrat, ewasamantên inggih mêksa dipun tarajang kemawon, pambêkanipun: besuk nèk wis balanjan, toh tak bayar sah. Wontên ing Pasar Gambir, lajêng main tuwan bêsar, têgêsipun: sadaya tongtonan dipun dalajahi, lan sadaya rèsturan inggih dipun lêbêti. Manawi wontên ing griya narimah nêdha sêkul gudhêg upaminipun, nanging jajanipun wontên ing rèsturan, inggih: kênthang bêstik, sladhah lan sapanunggilanipun. Dene panontonipun wau botên narimah sadalu kemawon, sadangunipun arta sambutan wau dèrèng têlas, inggih tansah badhe nonton kemawon. Sagêdipun jênjêm wontên ing griya malih, manawi artanipun sampun mamprung sadaya. Dene manawi sampun balanjan, punapa malih mangsulakên artanipun sambutan wau, botêna supe, dalasan wulan Sèptèmbêr wontên tigang dasa dintên kemawon, inggih mêksa sampun supe, tandhanipun: arta blanjan wau inggih lajêng dipun labasakên, ing wusana blônja têlas, sambutan mindhak.

Mênggah sêdyanipun tiyang dhatêng Pasar Gambir punika, satunggal lan satunggalipun têmtu beda-beda. 1e. wontên ingkang kesahipun wau, namung badhe nonton thok kemawon. Golonganing têtiyang ingkang makatên punika, ingkang limrah panontonipun waradin, botên wontên ingkang kalangkungan, nanging caranipun ningali wau kados tiyang ngimpi kemawon, dados manawi sampun wontên ing jawi malih, inggih sampun botên kèngêtan punapa ingkang mêntas dipun tingali. 2e. Wontên ingkang kesah dhatêng Pasar Gambir, botên ngêmungakên badhe nonton kemawon, nanging ugi badhe migatosakên punapa ingkang pancèn prêlu dipun wigatosakên. Tumraping golongan tiyang punika, wontênipun Pasar Gambir kenging dipun wastani agêng sangêt gunanipun. Awit sanyatanipun, punapa ingkang dipun pitongtonakên wontên ing Pasar Gambir punika, manawi panontonipun kanthi dipun wigatosakên sayêktos, pancèn inggih kathah ingkang murakabi tumrap gêsanging tiyang, kados ta: ing bab kasarasan, pangajaran, kawêkêlan, pambranahan ulam, lan sasaminipun. Ing ngriki bab-bab wau botên prêlu katêrangakên, awit ingkang sanès-sanèsipun, badhe kacariyosakên ingkang kanthi gamblang. Samangke golonganing têtiyang 3e. inggih punika: têtiyang ingkang sami dhatêng ing Pasar Gambir, prêlu badhe nglêmêsakên lidhah. Tiyang ingkang makatên punika, ingkang dipun purugi inggih ngêmungakên rèsturan kemawon, pundi rèsturan ingkang eca olah-olahanipun, inggih ingkang dados langgananipun. Limrahipun tiyang ingkang rêmên mrada ... wingkingipun punika, bangsaning tiyang jalêr. Mênggah ucap-ucapanipun tiyang ingkang rêmên mêmoyok utawi nyênthula, wontênipun tiyang jalêr gadhah pakarêman ingkang makatên punika, ingkang kalêpatakên jêbul ... tiyang èstri. Sabab tiyang èstri botên sagêd olah-olah, milanipun ingkang jalêr lajêng rêmên jajan. Caranipun tiyang ingkang rêmên mêmoyok wau, botên namung samantên kemawon pandakwanipun, malah mawi dipun saranani tuladan warni-warni, kados ta: dipun cariyosakên, yèn panêdhanipun ingkang jalêr mèh ajêgan kalintunipun, upaminipun: tiyang jalêr nêdha bêstik, dipun olahakên sêmur, nêdha hêtsêpot (hutspot) dipun damêlakên ongklok kênthang, dalasan kêpengin sladhah kemawon, têka lajêng dipun masakakên trancam (gudhangan mêntah). Lo, samantên pandakwanipun tiyang ingkang sêngit, ingkang pancèn rêmên mêmoyok, kanthi botên ngèngêti, yèn botên kirang kemawon, tiyang jalêr, ingkang wontên ing griya sagêd kêturutan punapa ingkang dipun sêdyakakên, ewadene wontên ing margi, sanalika lajêng ngilêr kemawon, manawi sumêrêp ... rujak crobo. Dene ing 4e. golonganing tiyang ingkang sami mrêlokakên dhatêng Pasar Gambir, namung prêlu badhe nonton: ... tiyang nonton. Wontênipun golonganing tiyang, ingkang makatên punika, kados botên prêlu kula cariyosakên kanthi panjang, awit kintên kula antawisipun para maos inggih wontên ingkang sampun sami ... nglampahi piyambak.

Salêbêtipun ing Batawi wontên Pasar Gambir punika, dilalah kala tanggal 27 ingkang kapêngkêr, karawuhan prayagung Inggris, paduka Tuwan Sir Cecil Clementi ingkang rawuhipun sarana nitih mêsin mabur. Sampun têmtu lajêng dipun wontênakên èksêtra karamean minôngka angurmati rawuhipun tamu agung wau. Mênggah cara-caranipun pakurmatan wau, kados botên prêlu kacariyosakên ing ngriki, cêkap amriksanana gambar ingkang kacêtha ing sisih punika.

Amangsuli wontênipun Pasar Gambir, kala wiwitan inggih punika tanggal 23 dumuginipun tanggal 29 Agustus, papan karamean ka-

--- 1150 ---

[Grafik]

Ing nginggil sawangan ing Pasar Gambir ing wanci siyang, ing ngandhap ing wanci dalu.

--- 1151 ---

tingal mamring, jalaran saking kiranging tiyang nonton. Ingkang makatên wau anjalari tuwuhing gagasan kula makatên: we, hla, têka kadingarèn têmên, sing nonton mung sathithik, iki apa jalaran saka dayane jaman malèsèd, apa jalaran saka bangsaku saikine wis padha ngrêti nyang ajining dhuwit. Nèk kaanane Pasar Gambir tansah mangkene bae, sida bisa kalakon, Pasar Gambir anggulung klasa têmênan. Ewasamantên sanadyan sakêdhika kados punapa têtiyang ingkang sami nonton, ing sadalu-dalunipun Pasar Gambir inggih mêksa sagêd narik arta botên kirang saking tigang èwu rupiyah. Nanging sarêng tanggal 30 malêm 31, kalêrês malêm Minggu, kathik ingkang kathah kanthongipun sampun sami awrat, kathahipun tiyang nonton prasasat dipun sokakên. Ingkang makatên punika botên kenging dipun paibên, awit, kajawi kathah tiyang ingkang sampun kadangon anggèning tirakat tansah wontên ing griya kemawon, ing dalu punika ing Pasar Gambir badhe dipun wontênakên sèrênadhe (serenade) bokmanawi kemawon punika têgêsipun: panêmbrama cara Walandi ing wanci dalu, minôngka atur sugêng dhatêng Sri Nata Dèwi ing Nèdêrlan anggènipun sampun jangkêp yuswa 50 taun. Malah wontên pawartos, bilih Sang Nata Dèwi badhe amêdhar sabda minôngka wangsulan dalêm dhatêng para ingkang sami atur sugêng wau. Kala punika ing papan Pasar Gambir ing pundi-pundi sampun dipun pasangi pirantos kangge nyorakakên suwara, inggih punika ingkang dipun wastani: loudspeaker. Ing trubinê katingal pintên-pintên pangagêng, ingkang badhe mirêngakên panêmbrama tuwin wangsulan dalêm Sang Nata Dèwi. Kintên-kintên jam 8 panêmbrama dipun wiwiti. Sasampunipun rampung, andadak kamirêngan suwaraning putri, inggih punika pangandika dalêm Sang Nata Dèwi, ingkang anêrangakên suka pirênaning panggalih dalêm mênggah wontênipun panêmbrama punika, ingkang mirid pangandika dalêm, saklangkung cêtha kamirêngan saking nagari Walandi, salajêngipun Sang Nata Dèwi kagungan pangajêng-ajêng, mugi-mugi tanah Indhia ngriki lêstantuna gêmah ripah loh jinawi, lan sawarnining golongan sagêda tansah nyambut damêl sêsarêngan, murih indhaking karaharjanipun nagari tuwin têtiyangipun.

Sawêg kemawon rampung pangandika dalêm wau, lajêng: brês jawah agêng, ngantos mèh sadalu muput. Bokmanawi punika gara-gara dalêm Sang Nata Dèwi dhêdhawuh pangandika dhatêng para kawula dalêm ingkang sawêg sami dêdunung wontên ing tanah Indhia ngriki. Jalaran saking punika lajêng kathah para nonton ingkang sami klincir utawi jrindhil kados calurut kêcêmplung wangan, ingkang wusananipun lajêng sami anggêndring mantuk.

Dintênipun Sênèn tanggal 1 Sèptèmbêr dipun wontênakên paradhê. Mênggah paradhê punika tumraping militèr, kenging kasamèkakên kalihan tayuban tumraping para priyantun. Wontên ing tayuban, priyantun ingkang bêsus têmtu sami angêtog raga, solah tingkahipun mêsthi kadamêl èksêtrah. Makatên ugi wontên ing paradhê, punapa malih manawi kathah para nyonya ingkang sami mriksani, para opsir ingkang sami bêsus-bêsus, lampahipun têmtu sami langkung dipun pranata murih saya katingal kabrêgasan tuwin pandhèthènging tindakipun, ngantos suwaraning anggènipun tumindak kamirêngan: trèthèk, trèthèk.

Dene ingkang sami tumut paradhê ing kala punika, mèh sakathahing prajurit ing Batawi tuwin Mistêr Kornèlis. Inggih punika para prajurit dharatan, prajurit mriyêman, kapalan, prajurit mawi mobil, tuwin prajurit anggêgana, sadaya wau sami dipun komêndhani dening Jendral Bodde. Jam 6.30 para prajurit sampun rampung panatanipun. Jam 6.45 kamirêngan suwaraning slomprèt ingkang suka têngara, bilih pangagênging wadyabala dharatan tuwin pangagênging wadyabala lautan sami rawuh. Dene jam 7 thèng kamirêngan suwaraning slomprèt malih, ingkang suka wangsit, bilih Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral rawuh. Rawuh dalêm wau nitih rata sêsarêngan kalihan paduka tuwan gupêrnur ing Singgapura. Sanalika punika lajêng kamirêngan ungêling musik lagu: Wilhèlmês. Salêbêtipun Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana tuwin tuwan gupêrnur ing Singgapura aniti pariksa ing pabarisan agêng mriku, ingkang kinurmatan ungêling musik ingkang tanpa wontên kèndêlipun, palwa udara ingkang anggêgana tansah akêkalangan kadosdene anongsongi prayagung kêkalih ingkang sawêg sami niti pariksa ing pabarisan wau. Kapanjangên saupami kula cariyosna lampah-lampahipun sadaya, namung kula cêkak, wontênipun barisan agêng wau, ing wanci jam 7.50 sampun bibar.

Dene sontênipun, dipun wiwiti jam 4.30 lajêng dipun wontêni arak-arakan, inggih agêng-agêngan.

Wontênipun arak-arakan punika pancèn inggih sae sayêktos, tur panatanipun mila kenging dipun wastani: jêmpol. Mênggah urut-urutanipun arak-arakan makatên:

Ingkang wontên ing ngajêng piyambak: golonganing pulisi, lajêng prajurit kapalan, wingkingipun malih musik, cêkakipun kêkathahên sangêt manawi kasêrata sadaya. Amila ing ngriki namung badhe kula cariyosakên ingkang kula èngêti kemawon, inggih punika: golonganing pakêmpalanipun Walandi pranakan, musik suling, warni-warni pakêmpalan sepak raga S.V.B.B. tuwin murid-murid èstri saking H.B.S. ingkang sami mangangge sarwa abrit, pêthak sarta biru. Kareta ingkang dipun titihi pêthaning lêluhur dalêm Sang Nata Dèwi, inggih punika swargi sang minulya Willem de Zwijger. Cakalele, sabagian wontên ingkang kapalan, ondhèl-ondhèl tuwin angklung, pangantèn Jawi ing jaman kina, sakrompolan tiyang Dhayak, lan taksih kathah malih tunggilipun.

Kados sampun cêkap anggèn kula adamêl wawasan mênggah wontênipun karamean ing Batawi laminipun 16 dintên punika, ing ngriki kados botên prêlu kacariyosakên malih, bilih sabên dalu têtingalan ing Pasar Gambir tansah botên wontên towongipun. Benjing sontên pungkasanipun karamean. Ewasamantên sabibaripun karamean punika, kula sagêd nêmtokakên, yèn ing kitha Batawi botên lajêng dados sêpên, nanging kintên kula malah saya rame, punapa malih ing ... pagantosan.

Pênthul.

--- 1152 ---

Pasar Gambir

Pasar Gambir punika satunggiling papan karamean ing Batawi, ingkang kawontênakên ing sabên taun, dhawah wontên ing wulan Agustus tanggal sêpuh, wosipun migatosakên dhawahing tanggal 31 Agustus, atêgês mahargya dintên wiyosan Dalêm Kangjêng Sri Bagendha Maharaja Putri. Dene wontênipun nama Pasar Gambir, mêndhêt saking papaning karamean punika manggèn ing ara-ara ingkang dipun wastani Gambir.

[Grafik]

Gapura Pasar Gambir.

Ing rumiyinipun, Pasar Gambir punika namung awujud papan karamean, namung bangsaning têtingalan, padhasaran tuwin pajajanan. Nanging dangu-dangu saya dados agêng, malah dumugining taun 1921 nama dipun adani sayêktos dening gêmintê, salajêngipun saya majêng-majêng, saha sipating papan alit ingkang namung dados dununging kabingahan, lajêng santun awujud papan padununganing para among dagang amitongtonakên padaganganipun, nanging ugi botên tilar dados papaning kabingahan.

Sampun tamtu kemawon kawontênanipun Pasar Gambir wau saya dangu, wartosipun saya sumêbar dumugi pundi-pundi, awit ing sabên taun, ing sadèrèngipun Pasar Gambir dipun wiwiti, taksih kirang pintên-pintên wulan, sampun anyêbar pawartos sarana gambar-gambar ingkang katèmplèkakên ing kantor-kantor, sêtatsiun-sêtatsiun tuwin papan sanès-sanèsipun, ingkang adhakan kasumêrêpan ing tiyang kathah.

Tumrapipun ing tanah Jawi karamean ingingkang. sairib kados makatên punika wontên tigang panggenan, 1. Pasar Gambir ing Batawi, 2. Jaarbeurs ing Bandhung tuwin 3. Pasar malêm ing Surabaya. Karamean tigang panggenan wau kenging dipun wastani sami agêngipun, sami ancasipun, lan ugi sami wiyar têbaning wara-waranipun.

Sarèhning kawontênanipun Pasar Gambir punika wiyar têbaning wartosipun, mila wêdaling Kajawèn ing dintên punika maligi namung ngêwrat ing bab kawontênanipun Pasar Gambir, mawi rinêngga-rêngga ing gambar, dipun namakakên nomêr Pasar Gambir, prêlunipun supados sagêd dipun uningani ing para maos ingkang

--- 1153 ---

botên nguningani kawontênanipun Pasar Gambir. Mênggah andharanipun kados ing ngandhap punika:

Kawontênanipun Pasar Gambir.

Kawontênanipun Pasar Gambir punika kenging kagêrba, isi papan panggenan mitongtonakên ing bab, nênanêm, kawêkêlan, kagunan, among dagang, kasarasan, pangajaran, pajajanan, panggenan among sênêng tuwin sanès-sanèsipun.

Ing ngriki prêlu nyariyosakên bab pandamêling Pasar Gambir rumiyin. Mirid têbaning Pasar Gambir tuwin mirid kawontênaning griya-griya, sintên ingkang nguningani tamtu lajêng sagêd ngintên, bilih yêyasan wau botên cêkap kagarap namung sawatawis dintên kemawon, saya malih manawi nitik dhatêng kawontênaning wêwangunan, awit ing sabên taunipun tamtu santun gagrag. Ingkang katingal cêtha ing wêwangunan ngriku, inggih punika gapura tuwin griya ingkang agêng-agêng. Kajawi punika tumrap bango-bangoning para dagang ingkang anggiyarakên padaganganipun, ugi damêl gagrag piyambak-piyambak. Mila salêbêtipun wiwit yasa wau, tumrapipun ing Batawi, nama nuju wancining kathah padamêlan, tiyang ingkang nyambut damêl ing ngriku botên trimah atusan, ngantos ewon. Lan malih tumraping padagangan dêling tuwin wêlit, ing kalamôngsa ngatên punika majêng sangêt, mèh sadaya dêling tuwin wêlit, byukipun dhatêng Pasar Gambir sadaya. Manawi nuju môngsa makatên punika, rêrêgèning samukawis sami nyêngkrèk sadaya.

[Grafik]

Gupêrnur Sir Cecil Clementi tuwin Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana, mriksani Pasar Gambir.

Tumrap tiyang ingkang botên mangrêtos, tamtu katuwuhan manah eman dhatêng kawontênaning yêyasan ingkang kados makatên punika têka kanggenipun namung sakêdhap, botên urup kalihan anggènipun rêkaos. Malah sawênèh wontên ingkang gadhah pamanggih, saupami papan wau dipun yasani griya, ingkang lajêng kangge ing salaminipun, tamtu langkung prayogi, malah têtuladanipun sampun wontên, inggih punika Jaarbeurs ing Bandhung tuwin pasar malêm ing Surabaya, kalih pisan wau papanipun sampun ajêg, dados sanadyan waragadipun kathah, nanging lajêng botên yasa sabên taun. Pamanggih makatên wau inggih wontên lêrêsipun, nanging manawi dipun manah panjang, tumrap caraning ngudi kamajêngan utawi tumraping tiyang pados têdha nama botên mikantuki. Upaminipun ing bab yêyasan, wontênipun sabên taun santun gagrag, pikantukipun sagêd nênarik dhatêng sawangan, lan ugi sagêd andamêl têtuladan mênggah gagraging griya-griyanipun. Dados manawi dipun manah panjang mênggah pikantukipun, ugi sambêt kalihan kajênging para ingkang sami anggêlar sêsadean wontên salêbêting pêkên, majênging Pasar Gambir ugi atêgês majênging among dagang.

--- 1154 ---

Kados ingkang sampun kapratelakakên ing nginggil, sarêng wiwit ing taun 1921 dipun adani sayêktos, inggih wiwit ing taun wau kawontênaning Pasar Gambir lajêng adhapur dados papaning para among dagang amitongtonakên padaganganipun.

Tumrap Pasar Gambir ing taun punika, ugi mujudakên gambar-gambaring Pasar Gambir ingkang kapêngkêr wiwit taun 1921. Ing papan ngriku mujudakên gambaring blakipun Pasar Gambir dalah gapuranipun, tuwin sanès-sanèsipun ingkang gêgayutan kalihan Pasar Gambir. Sintên ingkang sampun nyipati kawontênanipun Pasar Gambir ingkang sampun-sampun, samôngsa nyumêrêpi dhatêng gambar wau tamtu lajêng kèngêtan. Lan malih têtiyang ugi lajêng sagêd nyipati dhatêng beda-bedaning wêwangunan ing sabên taun, ingkang atêgês satunggiling kamajêngan.

[Grafik]

Patamanan Pasar Gambir ing wanci dalu.

Ing bab cangkoronganing Pasar Gambir kados cêkap samantên kemawon. Sapunika gêntos anyariyosakên kawontênanipun ing nglêbêt.

Bab tanêman.

Ingkang kapitongtonakên wontên ing Pasar Gambir ngriku, tumraping têtanêman namung bangsaning sêsêkaran, pêthetan, sayuran tuwin wowohan, mênggahing sêsêkaran, kados para maos sampun botên kêkilapan, awit tumrapipun ing jaman sapunika, sêsêkaran punika kêlimrah sangêt, sabên nagari agêng tamtu wontên ingkang ngadani dagang sêkar, inggih punika bangsaning sêkar, ingkang asli wiji saking Eropah, mênggah warni-warnining sêkar botên kapratelakakên ing ngriki. Dene sêkar ingkang dipun pitongtonakên ing ngriku wau, ugi kenging katumbas, nanging pamêndhêtipun katamtokakên sasampunipun jam pitu sontên. Mênggah asrining sawangan ing ngriku, tumrap tiyang ingkang rêmên dhatêng sêsêkaran, tamtu sênêng ing manah, awit kajawi ningali dhatêng saening wujud, ugi katarik dening panatanipun sarwa prênah, pating prêlok adamêl sêngsêming pandulu. Wah malih ing papan ngriku dipun sadhiyani toya balumbangan, tuwin pipa saking lèdhêng, ingkang [ing...]

--- 1155 ---

[...kang] tanpa kêndhat tansah kangge angasrêpi sêkar, mila tansah katingal sêgêr ajêgan. Namung emanipun sakêdhik, dene padagangan makatên wau, tumrapipun ing jaman sapunika kados taksih kabaku dados padaganganipun bôngsa Eropah.

Mênggahing pêthetan, bangsaning palêm, cêmara, siplir, tuwin sanès-sanèsipun. Sadaya wau sami kanthi pangupakara sae, utawi pêpilihan, mila katingalipun inggih adamêl sêngsêm, sintên ingkang mêntas kasayahan dening ningali sawangan warni-warni, samôngsa dumugi ing ngriku lajêng manggih sawangan ingkang adamêl asrêping pandulu.

Tumrapipun sayuran, ing pundi-pundi sampun kalimrah tuwin sabên tiyang mangrêtos, bilih pananêming sayuran punika ingkang sae wontên ing parêdèn, dados sanadyan wontêna sayuran ingkang katanêm wontên ing pasitèn andhap, inggih mêksa kawon kalihan ingkang wêdalan saking pasitèn inggil. Nanging tumraping tiyang siti bab caraning nanêm sayuran, sampun kathah ingkang sagêd nindakakên saha dados panggaotanipun.

Bab rajakaya sapanunggilanipun.

Ing Pasar Gambir ugi mitongtonakên rajakaya, tuwin sanès-sanèsipun, lêmbu bênggala, menda, pêksi warni-warni. Kewan-kewan ingkang dipun pitongtonakên ing ngriku punika sami sae-sae, tuwin kapilih ingkang migunani yêktos tumrap tiyang ingkang ambêtahakên. Dados saupami tiyang ingkang ambêtahakên bab punapa kemawon, ingatasing ingah-ingahan, sagêd pados katrangan ing ngriku, awit sadaya punika saking ada-adanipun dhepartêmèn têtanèn, prêlu kangge nênuntun dhatêng tiyang kathah. Sanadyan tumrap pambranahan punapa kemawon, ing ngriku dipun wujudakên gambar-gambar tuwin cathêtan tumindaking pambranahan, kados ta nagari papaning pambranahan, kewanipun ingkang dipun branahakên.

Bab kajêng.

Tumrap bôngsa Jawi, mênggahing sêsêrêpanipun bab kajêng, ingkang dipun wastani sae piyambak punika kajêng jati, nanging sayêktosipun taksih kathah sangêt kajêng-kajêng sanèsipun ingkang ugi kenging kangge dandosan, ing padhasaran ngriku dipun wujudakên balabag kajêng warni-warni, malah wontên ingkang sampun dados dandosan. Bab punika tumraping para undhagi prêlu nyumêrêpi.

Bab ulam loh toya tawa.

Sintên ingkang dhatêng ing Pasar Gambir, tamtu karênan mriksani kawontênaning pakaryan ing bab ulam loh punika. Ing ngriku dipun wujudakên satunggal-satunggaling ulam sabôngsa-sabôngsa ingkang dipun wadhahi kaca isi toya, kados ta ulam badhèr, gramèh, lele tuwin sanèsipun, kirang langkung wontên sèkêt warni. Ulam wau kapetang ulam ingkang sampun kapilih kenging kaingah kangge panggaotan. Ing ngriku ugi mujudakên warni-warnining wisaya.

Ingkang kapratelakakên ing nginggil punika sadaya, kapetang golongan pakaryan dhepartêmèn têtanèn.

--- 1156 ---

Bab kasarasan.

Ing sabên Pasar Gambir, pakaryan kasarasan tamtu ngawontênakên papan ingkang maligi mujudakên pêpêthan utawi sabab-sababipun sêsakit, ing taun punika mujudakên ing bab bêbaya ingkang tumular saking lalêr.

[Grafik]

Pakaryan kasarasan.

Ing papan ngriku kawujudakên pêpêthan lalêr ingkang atêgês pangawak sêsakit warni-warni, inggih punika sêsakit ingkang badhe dipun tularakên.

Wontên malih pêpêthan tiyang warni-warni, kados ta: wontên tiyang sade ès, ing padhasaranipun ngriku dipun rubung ing lalêr byung-byungan, sandhingipun malih wontên tiyang sade rujak ulêg, inggih dipun rubung ing lalêr, mencok ing saênggèn-ênggèn. Pêpêthan ingkang kados makatên wau tumrap tiyang ingkang dèrèng mangrêtos, tamtu dèrèng plong mênggahing kajêngipun. Ngrêtos-ngrêtos mangke manawi sampun ningali pêpêthan tiyang ingkang kaping tiganipun, ing ngriku wontên tiyang linggih, sukunipun kowak, inggih dipun rubung ing lalêr. Ing ngriku tiyang ingkang ningali lajêng mangrêtos kemawon dhatêng kajênging pêpêthan tiyang wau, awit cêtha bilih lalêr ingkang ngrubung kowak wau inggih wontên ingkang jajan rujak ulêg utawi ngêlak tumut ngombe ès. Tiyang ingkang mangrêtos dhatêng kajêngipun wau, botên mawi dipun êkèn, inggih lajêng kirig-kirig piyambak, ing salajêngipun mujudakên pêpêthan tiyang olah-olah ugi dipun rubung ing lalêr, jalaran ing sacêlakipun ngriku wontên rêrêgêd, kajawi punika ugi wontên têtêdhan sanès-sanèsipun malih ingkang awoh lalêr.

Mirid katrangan ing nginggil, lalêr punika namung damêl ênêk, awit pasabanipun tanpa pilih prênah, mêntas saking pakowakan lajêng ngêthingkring sanginggiling brêgêdèl. Mêntas saking nomêr 100 ingkang tanpa kamar, lajêng kipu wontên ing ulam têrik. Môngka mênggahing lalêr, punika satunggiling ibêr-ibêran ingkang takat sangêt, sawarnining baksil ingkang mandi-mandi, kados ta: kolerah tipês, dhesêntri tuwin sanès-sanèsipun, namung dipun anggêp mitra kemawon, saupami para baksil wau amor ing sêsukêr, pun lalêr malah ambiyantu ingkang nularakên mrika-mriki. Mila tiyang wajib sumêrêp dhatêng kawontênaning lalêr ingkang kados makatên punika, pancèn ambêbayani yêktos.

Ing papan ngriku ugi dipun pasangi gambaranipun para

--- 1157 ---

murid sêkolahan ing pundi-pundi, ingkang anggambarakên bab bêbayaning lalêr.

[Grafik]

Pêpêthan tiyang sade ès ing pakaryan kasarasan.

Tumrap tiyang ingkang nêdya nyulayani, tamtu lajêng nyababakên: la, tiyang sêsadean kadospundi. Bab makatên punika prayogi kagalih piyambak kanthi adhêdhasar ngèngêti bêbayanipun. Lan malih sawarnining sêsadean punika inggih kenging dipun tutupi, inggih punika tutup ingkang sarana mawi kawat ngangrangan. Ing pitongtonan ngriku wontên polanipun.

Kagunan tuwin pamulangan ingkang dipun wontênakên dening dhepartêmèn pangajaran.

Ing Pasar Gambir wontên papan wiyar, ingkang maligi namung isi bab ingkang gêgayutan kalihan pangajaran.

Sintêna kemawon ingkang nyumêrêpi kawontênanipun ing ngriku, tamtu agêng ing manah, dene nyumêrêpi wohing kagunanipun para murid sêkolahan warni-warni, wiwit saking sêkolahan ôngka kalih dumugi sêkolahan patukangan. Satunggal-satunggaling kagunanipun lare kajawi sami sae-sae, kados ta bab anggambar, anam-anam, tuwin kriya sanès-sanèsipun, ugi katingal raosing kagunanipun kabangsan piyambak-piyambak, kados ta anam-anam pinanggih ing tanah Priyangan, bathik pinanggih ing Jawi Têngah, lan sanès-sanèsipun malih. Dêdamêlanipun para murid patukangan, pantês ingalêmbana, saya tumrap murid patukangan ing Kêbumèn, sintên tiyangipun ingkang sumêrêp tamtu anjêgrêg, dening kawontênanipun sampun botên beda kalihan dêdamêlanipun mèbêl pabrik bôngsa Tionghwa. Makatên ugi ing bab pamulangan kriya bab tosan, punika ugi ngagêngakên manah, dening ingkang sami nyambut damêl ing ngriku taksih sami lare-lare têka sampun sagêd nindakakên padamêlan tosan sarwa lampah mêsin. Babaraning barang dêdamêlanipun sampun botên nguciwani.

[Grafik]

Patrapipun adamêl babut.

Ing papan ngriku ugi mujudakên petanganing buku tuwin [tu...]

--- 1158 ---

[...win] prabot panyêratan ingkang dipun angge wontên ing pamulangan. Lan malih mujudakên papan palinggihaning lare sêkolah ingkang namung ngangge palinggihan satunggal sabên lare satunggal.

Saking agênging papan ing ngriku punika, ngantos dipun wontêni papan pangason.

Bab waosan Bale Pustaka.

[Grafik]

Padhasaran Bale Pustaka tuwin Volkstelling.

Para maos tamtunipun sampun botên kêkilapan dhatêng kawontênaning buku-buku wêdalan Bale Pustaka dalah kalawartinipun. Awit mênggahing Bale Pustaka, sumêbaring bukunipun kenging dipun wastani maradini ing pundi-pundi, sapisan, ing pundi pamulangan ôngka kalih dipun wontênakên taman pustaka, nyadhiyani kangge waosaning rakyat, sintên ingkang nêdya maos buku-buku ing taman pustaka wau, tiyang lajêng sagêd pinanggih kalihan pangagênging pamulangan lan sagêd nêmbung kanthi gampil. Kaping kalih, Bale Pustaka ngawontênakên agèn sade buku, mèh ing sabên nagari wontên, sintên kemawon sagêd tumbas ing ngriku kanthi rêgi têtêp. Kaping tiga, ing pundi wontên karamean, Bale Pustaka tamtu ngawontênakên papan padhasaran, nyadhiyani buku sarwa mêpêki, kados ta manawi nuju wontên pasar malêm tuwin sanès-sanèsipun, saya tumraping papan karamean agêng ingkang kados Pasar Gambir punika. Bale Pustaka abikak padhasaran wontên ing papan ingkang adhakan, botên wontên tiyang ingkang dhatêng Pasar Gambir botên langkung ing ngriku. Dene ingkang wigatos sangêt mênggahing Pasar Gambir, ingkang gêgayutan kalihan Bale Pustaka, bab:

VOLKSALMANAK 1931.

Jawi - Malayu - tuwin Sundha. Rêgi f 0.64.

Mila dipun wastani wigatos, awit kathahipun priyantun ingkang sami mundhut, kenging dipun upamèkakên kados sulung ngrubung pêpadhang. Nguwatosakên manawi botên nguman-umani dhatêng ingkang dèrèng mundhut.

--- 1159 ---

Makatên ugi mênggahing kalawarti, warni-warnining golongan sampun sagêd amastani piyambak-piyambak, manawi bôngsa Malayu pitakèn Pandji Poestaka. Manawi Jawi, pitakèn: Kajawèn. Sundha pitakèn Parahiangan. Dalah priyantun Madura, ingkang pancènipun lôngka wontênipun ing Batawi, ugi wontên ingkang pitakèn sêrat waosan basa Madura, tamtunipun Bale Pustaka botên mangsulakên, malah kalêrêsan wontên buku babaran enggal, nama sêrat: Rato Bathara Rama, jilid I, II, III. namung rêgi ngênêm kêthip, jilid IV namung f 0.50. Cêkakipun sadaya sampun sami sumadhiya.

Kajawi punika, kaping sakawanipun Bale Pustaka nglampahakên oto panyadean buku anjajah tanah Jawi tuwin Sumatrah. Saênggèn-ênggèn dipun rubung ing tiyang kathah, sami tumbas buku. Ing wêkdal punika oto ingkang wontên Sumatrah lampahipun dumugi Tanjungkarang, ingkang wontên tanah Jawi kêkalih, satunggal wontên Jombang, satunggalipun wontên Purwadadi (Grobogan), dados wontên ing Jawi Wetan kalihan Jawi Têngah. Sadaya wau kenging kangge tôndha yêkti dhatêng ajênging waosan.

Panacah jiwa (Volkstelling) 1930.

Kawontênanipun Pasar Gambir ing wêkdal punika, tumraping Volkstelling amanggih kalamôngsa ingkang prayogi sangêt, amargi sagêd ngawontênakên papan ingkang sagêd kasumêrêpan ing ngakathah bab tumindaking Volkstelling. Wontênipun ing Pasar Gambir ngriku, pakaryan Volkstelling mitongtonakên caraning ngetang mawi pirantos mêsin. Bab punika têtiyang lajêng mangrêtos, bilih Volkstelling punika satunggiling pakaryan yêktos, lan tiyang ugi sagêd angintên bilih wigatos, awit wujudipun kemawon sampun katingal, sanès padamêlan baèn-baèn.

Kamajêngan gêmintê Batawi.

Sintên tiyangipun ingkang dêdunung ing Batawi, saha ingkang sampun dangu, tamtu nyumêrêpi indhaking kitha Batawi. Ing bab indhak kamajênganing gêmintê ing Batawi wau ugi kapitongtonakên wontên ing Pasar Gambir, sarana mawi ngawontênakên pêpêthan, gambar-gambar punapadene cathêtan ing bab kamajênganipun. Kados ta pakampungan ingkang rumiyinipun jêmbêg, dados kandhanging malariah, ing sapunika sami katingal dhahas-dhahas, margi-margi ingkang rumiyin pêtêng asingup, sapunika padhang. Makatên ugi bab griya-griya, ingkang rumiyin katingal ekroh, botên pantês manggèn sapinggiring margi, sapunika santun dados sawangan ingkang nêngsêmakên.

Gêmintê punika pancèn satunggiling awak-awakaning parentah, mila pangudinipun bab punapa kemawon, wosipun adamêl prayogining rakyat ing wêwêngkonipun. Kados ta tiyang damêl griya kêdah manut tatanan prayogi, botên kenging sakajêng-kajêngipun, sumur lan kakus kêdah miturut pratikêling pakaryan kasarasan, kêdah rêsikan, botên kenging uwuh kumliwêr, kêdah dipun bucal manggèn, ingkang sampun dipun sadhiyani dening gêmintê. Tindak sadaya wau nalika dèrèng mapan, tiyang inggih tansah pating krengkok, pating garunêng, [garu...]

--- 1160 ---

[...nêng,] sami amastani kêkathahên pranatan, nanging sarêng sampun nindakakên saha sampun manggèn, têtiyang lajêng ngraosakên sakecanipun.

Kados ta ing bab toya lèdhêng, punika ing sakawit tiyang namung aras-arasên ngangge, awit ngrumaosi, toya kemawon têka mawi tumbas, môngka manawi ngangge toya sumur namung kantun nimba kemawon. Nanging dangu-dangu sarêng sampun manggèn, sadaya sami ngraosakên eca tuwin saening toya saking lèdhêng. Makatên sapanunggilanipun.

Botên ngêmungakên bab kasarasan, dalah kawilujêngan tuwin kamajêngan, inggih cêkakipun punapa kemawon, gêmintê ugi ngawontênakên, kados ta bab pamulangan sapanunggilanipun.

Cêkakipun mênggah kawontênan ingkang dipun pitongtonakên ing Pasar Gambir ingkang gêgayutan kalihan gêmintê, pantês sangêt pinuji. Ewadene tumrapipun têtiyang pakampungan taksih kêwêdal garunêngipun linut ing sêsambat, dene marginipun ing pakampungan taksih ambaladhêr, makatên punika sampun limrah, tiyang namung nêdha dipun pituruti kabêtahanipun, dados saupami sampun kalêgan, inggih sampun botên ngawontênakên sêsambat.

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Pasar Gambir

Garèng: Lo, Truk, kaya-kaya ulihmu saka Sala kuwi rak iya wis suwe, ta, têka ora nyungul-nyungul niliki kakangamu kiyi, apa kowe kuwatir yèn aku bakal anjaluk olèh-olèhmu. Nèk kanggone aku ora, sèh, kajaba ta, yèn olèh-olèhe pantês lan mèmpêr, hla kuwi: lain prakarah.

Petruk: Aku pancèn iya rumasa salah bangêt, ora ngêmungake nyang kowe thok, nanging uga mênyang priyayi sing mêntas tak rusuhi kalane aku lêlungan durung suwe kiyi. Salahku nyang kowe, dene ulihku wis ana rong minggu luwih, têka durung tak tilik-tiliki. Salahku nyang para sing tak rusuhi mau, ingatase kalane aku ana ing dalême diopèni sing sasayahe kae, barêng wis têkan ngomah têka ora ngaturi layang sapêthil-pêthila. Mulane ing batin, iya nyang kowe, iya nyang priyayi-priyayi sing mêntas tak rusuhi mau, aku tansah nênuwun, supaya padha krêsaa paring gunging pangaksama mungguhing kaluputanaku mau, iya pikirên bae Kang Garèng, awit Pasar Gambir diwiwiti kiyi, aku babarpisan ora ana nganggure. Wiwit jam 7 wis wiwit galidhig nganti têkan jam 2, têkane ngomah kira-kira jam 2.30, sauwise rampung mangan barang, banjur turu nganti têkan jam 5. Saking kuranging wêktune, nganti tanpa raup barang dhisik, tumuli banjur têrus wedangan. [wedang...]

--- 1161 ---

[...an.] Lêbar wedangan, banjur adus dandan, kanthi nyangking Makne Kamprèt banjur têrus mênyang Pasar Gambir nganti gasik-gasike jam 12, sauwise ...

[Grafik]

Garèng: Wis, wis, aja kok banjur-banjurake omongmu kiyi, mêngko mundhak diguyu ing bocah bae. Awit sanyatane anggonmu ora ngatur-aturi layang marang para priyayi sing padha ambêciki nyang kowe mau, ora jalaran saka kuranging wêktumu, nanging saka dhêmênmu plêsir, nganti banjur ora kemutan marang kuwajibanmu sing prêlu-prêlu. Kang iku yèn kowe gêlêm anggugu kandhaku: marènana, aja kok banjur-banjurake, awit sanadyan anggonmu pitêpungan utawa sêsobatan thing bangêt, nanging yèn rumakête kurang, suwe-suwe iya bakal bisa anjalari dadi pêthale. Sabab lumrahe wong kuwi sing akèh mung padha ngênggoni kanyataan lair, ing môngka sabênêre lair iku sok cocog karo kabatinane. Mula bangêt-bangêt piwêlingku, caramu sing kaya ngono kuwi buwangên, salinana tindak sing kaprah, murih aja gawe sêling-surupe sing padha rumasa kataman. Wis, wis, tinimbang aku tansah ngêcuprus kaya dhukun kêkurangan sajèn, luwih bêcik kowe saiki caritaa anggonmu sênêng-sênêng ana ing Pasar Gambir.

Petruk: Wah, Kang Garèng, nèk aku dikon nyaritakake kabèh, sabênêre aku ora apal, mulane sing arêp tak dongèngake nyang kowe, mung rong prakara: 1e. kang tansah agawe mangkêling atiku, lan 2e. kang gawe sênênging atiku. Dene sing tansah agawe mangkêle atiku kuwi, iya ora ana liya, kajaba mung adhimu: Makne Si Kamprèt.

Garèng: Lo, kiyi aku ora ngrêti babarpisan, têka Makne Kamprèt sing kok anggêp tansah agawe mangkêling atimu. Apa Makne Kamprèt ngalang-alangi yèn kowe arêp nonton, nèk mungguhing panêmuku iya bênêr bangêt, nandhakake yèn bojomu kuwi sawijining wong wadon kang ngrêti marang omah-omah, kudu gêmi, sêtiti ngati-ati.

Petruk: Dudu bab kuwi, Kang Garèng, sing agawe mangkêling atiku. Kowe wêruh dhewe, yèn aku lan adhimu kuwi kêna diarani: tumbu olèh tutup, têgêse: apa-apane mêsthi cocog, kaya ta: Makne Kamprèt dhêmên nyang nênonton, aku iya mêngkono, Makne Kamprèt sênêng pêpanganan sing enak-enak, aku ya mêngkono uga, dalasan Makne Kamprèt dhêmên andêlêngake wong wadon sing ayu-ayu, gumunku aku kok ya ngono. Mung saêbab sing aku ora cocog babarpisan, yaiku yèn wis dipêsthèkake arêp mangkat nyang Pasar Gambir jam 7

--- 1162 ---

upamane, sanadyan anggone wiwit dandan jam 4, jam 7.30 mêksa durung rampung, kadhang-kadhang klambiku sêtrikan kêras sok wis malih dadi lêmês, sarta mambu têngik, jalaran saka akèhe wêtuning kringêt, anggonku nahan panjêlat-panjêluting rêmpêluku.

Garèng: Lo, carane dandan bae kêpriye, têka 3½ jam durung bisa rampung.

Petruk: Kuwi mangkene, Kang Garèng, ing sakawit milih tapih sing arêp diênggo, pamilihe mau nganggo angon môngsa. Upamane bae anggone anjajal tapih jam 4 sore, kuwi sing dipilihi ya tapih bathik ukêl, gringsing utawa garut. Sauwise rampung anggone tapihan, klambi salêmari banjur diwêtokake kabèh, lan bature têlu dikon nunggoni kanthi dikon nyêkêli pêngilon gêdhe kabèh. Klambine banjur dijajali saka siji, golèk sing mathuk karo tapihe mau. Dene anggone ngilo iya saka ngarêp, ngiringan, buri, kurang-kurange aku malah sok mèlu dikon nyêkêli pangilon manèh, wusanane yèn wis olèh klambi sing mathuk karo tapihe, sabab saka suwene anggone anjajal-anjèjèl mau, iya wis banjur kêburu pêtêng. Jarene nèk wis pêtêng, tapih ukêl gringsing utawa garut, iya wis ora mathuk. Mathuke iya kudu nganggo tapih kawung, parangrusak, utawa parangcuriga, dadi nèk kêsorotan lampu èlèktris kandhane bisa katon mêncorong. Anggone anjajali klambi iya banjur diwiwiti saka ngarêp manèh. Mara, apa kiyi ora mêgêlake usus.

Garèng: Wiyah, aku kok rada ora pati prêcaya nyang omongmu kiyi, padune kowe mung arêp maoni wong wadon kang suwe anggone dandan. Saiki apa sing kok sênêngi ana ing Pasar Gambir kuwi.

Petruk: Mungguh sing tak sênêngi dhewe ana ing Pasar Gambir kuwi: anjajan ana ing rèsturan. Mulane anggêr aku gêblus lumêbu ing Pasar Gambir, sing tak jujug dhisik dhewe iya rèsturan. Ing Pasar Gambir sapisan kiyi, rèsturan sing dadi langgananku: rèsturan Sapa Nyana.

Garèng: Lo, Truk, ingatase pirang-pirang rèsturan, sing kok pilih têka: Sapa Nyana, kuwi apa sabab saka enake olah-olahanae, apa kêpriye.

Petruk: Ora ngêmungake enaking olah-olahane bae, nanging ing Sapa Nyana mau, para tukang sing lêladèn wis padha ngrêti, yèn ajining dhuwit kuwi padha bae, sanadyan asale saka bangsaning êncik, abang-abang, mas bèi, utawa bangsaning kangjêng tuwan pisan. Seje karo rèsturan-rèsturaning bangsaku liyane, sanadyan lagi têka bae, anggêre kathokan, kulite anjambu dêrsana, irunge amanuk êngkuk, tur mripate mripat kucing, iya banjur bisa diladèni sanalika kono. Sanadyan anggone ngêntèni wis sajam pisan, nanging yèn kulite irêng kluwus, irunge sêtrikan, tur nganggo kêthu utawa mondholan, iya ... bolih tunggu. Wis, Kang Garèng, sarèhning wis kurang panggonane, rêmbugane Pasar Gambir kiyi padha dipunggêl samene bae.

--- [1163] ---

Ôngka 73, 15 Rabingulakir, Taun Jimawal 1861, 10 Sèptèmbêr 1930, Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50. Bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Oto Rinêngga Sêkar

[Grafik]

Ing nginggil punika satunggiling oto rinêngga-rêngga ing sêkar, ingkang kangge mahargya pasamuwan têtêping yuswa dalêm Sang Nata Dèwi, kala tanggal 1 wulan punika, ing Batawi.

--- 1164 ---

Pasar Gambir

Wêdalipun Kajawèn kapêngkêr, maligi namung isi bab Pasar Gambir, ewadene taksih wontên sawatawis ingkang dèrèng kalêbêt. Amila wêdalipun Kajawèn ing dintên punika, taksih ngêwrat ing bab Pasar Gambir sawatawis, kados ing ngandhap punika:

Sêpur S.S.

Sêpur S.S. punika satunggiling padamêlan dhepartêmèn pakaryan praja, manawi dipun tingali sabrebetan, sagêd anuwuhakên gumuning tiyang mênggah agênging pamêdalipun, nanging manawi angèngêti pigunanipun tumrap umum, sêpur punika satunggiling pitulungan agêng mênggahing ngakathah, ing bab kêkesahan tuwin bab kintun-kinintun barang. Awit saupami botên wontên sêpur, botên wontên kabêtahaning tiyang ingkang pinanggih mirah. Ingkang kinintên mayar, pinanggihipun malah awis. Bab makatên punika mênggahing gampilipun tiyang sagêd miridakên saking kesahan numpak sêpur thruthuk, katimbang kalihan numpak sêpur èsprès, katingalipun mirah ingkang thruthuk, nanging pinanggihing gunggunganipun malah langkung kathah, jalaran samargi-margi tansah mêwahi waragad, beda kalihan numpak sêpur èsprès, awising panumbasipun karcis, sagêd nyuda sadayanipun. Ing taun punika S.S. amujudakên pêpêthan lampahing sêpur momotan tuwin lampahing praoto S.S. ingkang ngangkuti barang dhatêng liya panggenan. Bab punika atêgês pitêdah tumindaking pangiridan tumrap para among dagang.

Pakaryan babagan lêlayaran.

[Grafik]

Papan barang-barang dhepartêmèn marinê.

Dhepartêmèn marinê amitongtonakên bab wontêning dilah-dilah manara ing lautan jajahan Indhia, dipun wontênakên pêpêthan kar Indhia, mawi dipun wujudi dilah èlèktris alit-alit, ing prênahing manara. Kajawi punika ugi maujudakên gagraging dilah ing sanyatanipun, kados ta dilah ingkang urubipun byar pêt, ingkang sontan-santun urub, abrit ijêm, dilah ingkang namung nyrêmomong, dilah ingkang urubipun ngalad-alad, tuwin sanès-sanèsipun. Urubing dilah wau wontên ingkang èlèktris, lisah pèt, tuwin sanès-sanèsipun, lan taksih wontên pirantos sanès-sanèsipun ingkang gêgayutan kalihan bab lautan.

--- 1165 ---

Yêyasan babagan pakunjaran.

Tiyang amastani pakunjaran punika awon, punika sampun lêrês sangêt, awit pakunjaran punika dununging têtiyang ingkang sami nandhang kalêpatan, inggih tiyang ingkang manggih paukuman, mila botên wontên tiyang dipun kunjara ingkang tanpa nandhang kalêpatan utawi dosa. Dados tiyang wajib sangêt anyingkiri, sampun ngantos manggèn ing griya parimatan ingkang kados makatên wau.

Nanging kadospundi, awon sae punika tumraping tiyang sami angêngèni, têgêsipun saupami sampun kalajêng amanggih lêlampahan salah satunggal, namung têtêp kêdah dipun lampahi. Tumrap ingkang nama lêlampahan sae, botên prêlu dipun rêmbag, awit sintêna kemawon tamtu kadugi anglampahi. Balik lêlampahan ingkang nama awon, agêngipun ingkang ngantos nandhang paukuman, punika wajibipun namung kêdah nyèlèhakên panarimah. Ing ngriki botên prêlu nyariyosakên bab raosipun tiyang wontên ing pakunjaran.

Tumrap têtiyang ingkang dèrèng mangrêtos dhatêng kawontênanipun barang-barang dêdamêlan saking pakunjaran, ingkang dipun pitongtonakên wontên ing Pasar Gambir, tamtu gumun ngungun, awit barang-barang ingkang kacariyosakên asli dêdamêlanipun tiyang ukuman, punika kawontênanipun sarwa sae, kados ta lèmèk kajogan, lopêr, kèsèd tuwin sanès-sanèsipun, ingkang badhenipun sêpêt. Barang-barang wau saening wujudipun, botên kawon kalihan barang-barang bangsanipun kados makatên ingkang dêdamêlan saking panggenan sanès. Lèmèking kajogan dêdamêlan ing ngriku wontên ingkang ngantos rêgi f 75.-. Kajawi punika taksih wontên barang bangsabôngsa. sanès-sanèsipun malih, ingkang asli dêdamêlan saking pakunjaran.

Sayêktosipun barang-barang dêdamêlan asli saking pakunjaran punika warni-warni sangêt, malah satunggal-satunggaling pakunjaran punika têtiyangipun sami dipun wulang ing bab kagunan, upaminipun wontên pakunjaran, ingkang tiyangipun paukuman kawulang nênun, wontên ingkang dêdamêlan bangsaning blèg, manjait, damêl tègêl, bangsaning kajêng, bangsaning wacucal, ngêcap sêrat-sêrat tuwin sanès-sanèsipun, cêkakipun sadaya wau nama kagunan ingkang prayogi sangêt. Ing pangintên, kagunanipun wau badhe nyêkapi kangge sarana pados panggêsangan, dados saupami luwar saking paukuman, badhe botên cêthunthungan, sukur bage sèwu bilih kagunan wau sagêda dados sarana nyirnakakên dhêdhasaring watêk awon.

Bab makatên punika tumrap tiyang ingkang botên amanjangakên pikiran, tamtu nuwuhakên panggagas, kapitunaning baunipun têtiyang ingkang sami nyambut damêl. Pikiran ingkang makatên punika kêdah dipun panjangakên, sapintên mênggah kabêgjaning tiyang ingkang manggih kawruh wau, lan kacocogna kalihan jaman nalika dèrèng wontên cara makatên, lan malih tumrapipun tiyang tumandang ing damêl, ugi tampi pituwas sawatawis, ingkang sumimpên, saha katampèn samôngsa luwar saking paukuman. Dene manawi purun manah panjang malih, tiyang wajib angèngêti, bilih ing donya punika kêbak kagunan [kaguna...]

--- 1166 ---

[...n] ingkang kenging dipun sinau, punapaa tiyang têka lumuh anggêgulang. Tandhanipun lumuh, inggih punika purunipun tumindak sarêng kanthi wisesa, dados saupami kagunan wau dipun tindakakên kalanipun mardika, tamtu botên wanuh kalihan wulangan ing pakunjaran, amargi lumuhing manah ingkang nênuntun nuwuhakên pandamêl awon, sagêd sirna saupami purun tumindak ing damêl ingkang anjalari dados pikuwating gêsangipun.

Ingkang gêgayutan kalihan bab punika, prêlu nyariyosakên barang yêyasanipun para lare ingkang dipun gulawênthah wontên ing griya pakunjaran lare ing Tanggêran, punika dêdamêlanipun ing bab kajêng inggih adamêl gawok.

Pangêcapan

Ing Pasar Gambir ugi wontên pangêcapan ingkang mitongtonakên wiwit panataning aksara, panataning kacanan, pangêcap, panjait, dumugi pangêthok, nama sampun rampung dados buku.

Ing bab punika, tumrapipun ing jaman samangke, têtiyang siti sampun nganggêp botên nama anèh, awit sampun kathah ingkang nindakakên bikak pangêcapan piyambak. Nanging ing ngriku mawi ngawontênakên pola warni-warni, ing bab panggarap adèn, ing bab abên-abênaning mangsi, tuwin sanès-sanèsipun. Lan ugi mujudakên lampahing tumindakipun kawruh pangêcapan, wiwit jaman rumiyin dumugi sapunika. Makatên malih ing ngriku dipun wontênakên tiyang ahli, ingkang nêrangakên sawarnining pitakenan ing bab padamêlan wau.

Kajawi punika, tumraping para among dagang, anggènipun damêl papan padhasaran warni-warni sangêt, sadaya sami nênarik manah. Makatên ugi bab kagunan tiyang siti, botên nguciwani. Bab têtingalan bangsaning kumidhi, warni-warni, jajanan wiwit rêgi awis ngantos awis sangêt, botên kirang.

Pungkasaning karangan punika, mratelakakên ing bab rêrêngganipun Pasar Gambir ingkang awarni umbul, muncrating toya andêdêl kados sundhul ing langit, wontên ingkang pating pancurat andhap, kalêmpakipun amujudakên tandhon toya ambèr, wutahing toya tanpa kêndhat kasorot ing cahya môncawarni. Rêrênggan wau kados pasêmon papan pangêdhêmaning para ingkang panggalihipun kobong wontên ing Pasar Gambir.

Wusana wontênipun Pasar Gambir pinuji awoha kawilujêngan dhatêng sadayanipun.

[Grafik]

PadhadharanPadhasaran. sigarèt cap Unta.

--- 1167 ---

Jagading Wanita

Pangolahipun gadhung

Mênggah gadhung punika tuwuhipun botên kanthi katanêm ing tiyang, namung tuwuh piyambak ing saênggèn-ênggèn, urut ing sangandhaping dêling, pagêr utawi panggenan sanèsipun. Mila gêsangipun inggih botên subur, ingkang punika bilih dipun opèni kados tanêman sanèsipun, ugi sagêd gêsang subur, botên beda kalihan gêsangipun uwi utawi gêmbili, tur mênggahing paedahipun kados botên kawon kalihan uwi utawi gêmbili, ugêripun purun uthêk-uthêk ing pawon. Ananging limrahing ngakathah, amastani bilih gadhung punika mêndêmi, mila inggih layak kemawon bilih sami botên purun ngopèni gêsangipun gadhung utawi ngolah wohipun. Awit ing pangraos ambokmanawi puluh dipun opèni gumatos, botên sande yèn kaolah botên eca katêdha, malah lêpat-lêpat dados damêl. Ananging mugi kauningana, mênggah pangraos makatên punika kados sampun kula aturakên bilih namung tumrap ing ngakathah, inggih punika ingkang dèrèng sumêrêp rekanipun ngolah. Tumrap tiyang ingkang sampun sumêrêp rekanipun ngolah, tamtu mastani kalintu dhatêng pangraos makatên wau, ingkang punika ing sasagêd-sagêd kula, kula badhe nyêrati pratikêlipun ngolah gadhung, murih pangraos ing nginggil punika ragi suda sawatawis. Nanging pratikêl kula wau, sampun tamtu namung cara dhusun, botên sagêd ngolah ingkang eca kados olah-olahanipun para koki-koki, jêr alit mila kula botên pikantuk pangajaran bab olah-olah, langkung-langkung griya kula ing dhusun tur mawi kluthuk. Ingkang punika bilih pratikêl kula punika taksih asor sangêt, para maos kêparênga èngêt bilih kula lare dhusun.

Pratikêl I.

Sasampunipun gadhung dipun oncèki, nuntên kairis-iris tipis, têrus kacarub kalihan awu, kaêpe ngantos garing. Yèn sampun garing kawadahan ing sênik utawi sanèsipun ingkang anggronggong, nuntên kaêkum ing toya ingkang mili. Lan sabên enjing lan sontên kagilês, toyanipun ingkang warni pêthak kabucal. Awit sajatosipun ingkang murugakên mêndêmi punika toya pêthak wau. Makatên salajêngipun ngantos toya pêthak wau ical babarpisan. Nanging racakipun ing dalêm kalih dintên kalih dalu sampun ical.

Bilih gadhung sampun kados makatên, na, samangke kantun matur priyantun kakung: kangmas kêparêngipun dhahar punapa.

Sakarêpmu, ning. Nanging aku têka kêpengin criping. Lah sampun yèn makatên enggal tata-tata ing pawon kemawon, ragi enggal kemawon, supados botên dados pangantos-antos, awit gadhung sanajan kadamêl criping tamtu inggih manut.

--- 1168 ---

Pratikêl II.

Sasampunipun dipun oncèki, lajêng dipun pasah, pados pasah ingkang wiyar untunipun (ingkang kadamêl) blèg dipun bolongi paku ingkang ragi agêng, utawi kablèwèh panjang). Yèn sampun ugi dipun awoni kados pratikêl I nanging botên kaêpe.

Ing sadèrèngipun pratikêl wau kalampahan, kirang kalih dintên sadhiya lêri ingkang kaabênan wowohan ingkang kêcut-kêcut (asêm, blimbing wuluh crême, lan sapanunggilanipun) supados mambêt bangêr. Nuntên pasahan gadhung ingkang sampun kacarub ing awu, kaêkum ing ngriku. Kirang langkung lêt kalih dintên dipun tuwèni, mêndhêt sawatawis dipun bêkuki, yèn botên sagêd tugêl pratôndha sampun matêng pangêkumipun, inggih punika toyanipun ingkang pêthak sampun mêdal saking gadhung. Yèn sampun makatên wau, dipun êntas kawadhahan ing sênik, kakumbah dhatêng lèpèn ngantos rêsik saèstu. Sarampungipun kantun ngolah kemawon, punapa kadamêl jadah, punapa walangan, punapa kêmbang gula, pun gadhung wontênipun namung manut. Makatên ugi tumrap pratikêl I. Dene rekanipun andamêl têtêdhan wau, botên beda kalihan ingkang badhenipun sanès gadhung.

Namung samantên kasagêdan kula bab gadhung. Bilih kirang cêkapipun, kula suwun dhatêng para maos kaparênga mêwahi, kabèbèra ing samadyaning nini Kajawèn. Lan malih kiranging têmbung kula utawi kakêning ukara kula, para maos sampun kêkilapan bilih kula lare dhusun tur kluthuk. Lan botên langkung nyuwun pangapuntên.

Bogêm (Goranggarèng) kaping 1-8-1930.

Rara Sarbyasih. K. 4684.

Raos Jawi

Wosing pangèsthi

Kula nuwun, sadèrèngipun kula angandharakên raosing manah, kula matur sangêt nuwun dhatêng panjênênganipun rama rêdhaktur, dene karsa maringi papan wontên ing udyana Kajawèn ngriki, tuwin panyuwun kula, bilih wontên awoning têtêmbungan, kaparênga angewahi ing saprayoginipun.

Ingkang kula aturakên, sasampunipun kula maos Kajawèn ôngka 40, panjurungipun sadhèrèk Martaraharja bab jatining kasutapan, katêrangakên ngantos gamblang dumugi tundha-tundhaning barata panggayuhipun kasutiknaning cipta, ing ngriku sanalika kula lajêng angrumaosi anggèn kula dados tiyang Jawi kirang kasutapan. Mila kangge têtimbanganing andharanipun sadhèrèk Martaraharja wau, kula lajêng cumanthaka angêdalakên raosing manah, sukur-sukur bokmanawi kenging kangge sarananing pamiyakipun [pami...]

--- 1169 ---

[...yakipun] pêpêtêng ingkang anglimputi. Mênggah witing kabingahan ingkang dados pangèsthining manusa punika wontên 7 prakawis, inggih punika:

1. Kawantêran, pamrihipun kineringan, witipun saking kasaktèn, kalampahanipun saking cêgah dhahar, kadadosanipun saking santosa, sambekalanipun yèn rêmên jêjadha lan anganiaya.

2. Kapintêran, pamrihipun kinèdhêpan, witipun saking puruita, kalampahanipun saking tabêri, sambekalanipun yèn sungkanan.

3. Kasugihan, pamrihipun linulutan, witipun saking anggaota, kalampahanipun saking sabar anarimah, kadadosanipun saking gêmi nastiti ngati-ati, sambekalanipun yèn bèrwèh, ngumpêt.

4. Kabrayan, pamrihipun kopèn kinamulèn, witipun saking asih dhatêng sasami, kalampahanipun saking mêpêt pangandika, kadadosanipun saking môntra sarana, sambekalanipun yèn nyênyêngit, sumêlangan.

5. Kaluhuran, pamrihipun kajèn kinurmatan, witipun saking tapabrata, kalampahanipun saking puja pangabêkti, kadadosanipun saking anoraga, sambekalanipun yèn loba, angkara murka.

6. Kayuswan, pamrihipun kinandêlan, witipun saking sadu budi, kalampahanipun saking wahdat, kadadosanipun saking sêtya lan tuhu, sambekalanipun yèn dora, cidra.

7. Kawidadan, pamrihipun kinopaman, witipun saking suci, kalampahanipun saking cêgah angunjuk, kadadosanipun saking utami lan paramarta, sambekalanipun yèn nistha lan sugih dêduka.

Wondene andharan 7 prakawis ing nginggil, sagêdipun kasêmbadan, dadosing cipta yèn dipun têmêni, wontênipun sêdya yèn dipun antêpi, dhatênging karsa yèn dipun lampahi, bêbasan dados saciptanipun, wontên sasêdyanipun, dhatêng sakarsanipun. Nanging makatên wau namung tumrap janma ingkang sampun waskitha dhatêng sandining dwi astha, manawi ingkang taksih walaka, sumêrêpipun yèn katêdahakên, sagêdipun yèn winuruk, dadosipun yèn dipun tandangi. Mila sarèhning puja lan praja wau sêsarêngan tumindakipun, prayoginipun kêdah nindakakên kados andharan ing nginggil, lan nindakakên kados andharanipun sadhèrèk Martaraharja (mriksanana K. No. 40) kanthi sabar tawêkal. Awit angèngêti rèhning Pangeran punika kagungan sipat adil, yèn pancèn madhêp mantêp ing panyuwun, mokal goroh têgêsing bêbasan: sapa têmên tinêmu. Wasana nyuwun pangapuntên.

--- 1170 ---

Pawartos Nagari Mônca

Pêpêrangan punika inggih kasusahan

Ing Kajawèn nomêr 64 sampun amratelakakên ing bab kasusahan ingkang pinanggih ing môngsa wontên pêrangan. Cêcariyosan ingkang kados makatên punika kapara nyata. Cobi sapunika mawas ing bab kawontênanipun pêpêrangan ing nagari Tiongkok wêkdal punika.

[Grafik]

Mayit-mayitipun têtiyang ingkang pêjah ing pêpêrangan ing Tiongkok.

Kados para maos sampun botên kêkilapan dhatêng kawontênanipun pêpêrangan ing nagari Tiongkok wau, sapisan saking kêrêp maos wontên ing sêrat kabar, lan malih ing Kajawèn sakêdhik-sakêdhik inggih ngêwrat bab wau, kaping kalihipun, saking danguning pêpêrangan wau, saprika dumugi sapriki, tanpa wontên mêndha-mêndhanipun, dados pawartos bab pêpêrangan wau ngantos kêlimrah sangêt, tuwin jalaran saking kêlimrah sagêd ugi para maos bosên dhatêng bab wartos pêpêrangan wau.

Tamtunipun pêpêrangan punika mêngku kajêng ingkang wigatos sangêt, awit saupami botên makatên nama mokal. Sintên tiyangipun ingkang purun toh bôndha tuwin toh nyawa manawi botên wontên kukubanipun ingkang agêng. Nanging mênggah loking ngakathah, sami-sami pêpêrangan sagêdhagan punika ngantos adamêl gawok, awit rukêt sami bôngsa piyambak.

Cêcariyosan kados makatên punika, tumrapipun bôngsa Jawi kados botên prêlu gumun, awit sanadyan namung dêdongengan, kacariyos tumrap bôngsa Jawi ugi nate wontên pêpêrangan tunggil bôngsa, ingkang wosipun inggih namung damêl kasusahan, nanging inggih namung alit-alitan.

Balik tumrap ing nagari Tiongkok, saalit-alitanipun inggih mêksa nama agêng, wah malih pêpêranganipun sampun ngangge sacaraning pêrang jaman sapunika, mawi dêdamêl sarwa ngrampungi, sanjatanipun sami rêpêtir, mariyêmipun bablas-bablas, wadya anggêgana pating klêpêr, cêkakipun tanpa kuciwa.

--- 1171 ---

Nanging mênggah pinanggihing kasusahan kados botên prêlu dipun pitakèkakên malih, saênggèn-ênggèn wontên tangis, lampahing rijêki sêndhêt kados satêngah kandhêg ing margi, môngka rijêki punika nama dados baku sarananing gêsang.

Nanging kadospundi malih, sadaya wau sampun kabêkta saking kawontênaning donya, kawontênanipun kêdah sarwa rame.

Dene pinanggihipun ing nagari Tiongkok, ing môngsa punika kapetang sawêg morat-marit, ing ngrika-ngriki sami tuwuh pêpêrangan, lèr mêndha, gêntos kidul ingkang rame, sadangunipun tansah gêgêntosan makatên kemawon.

Saking kawontênanipun botên têntrêm, dalah tiyang ngamônca ingkang sami dêdunung ing jajahan ngriku, inggih lajêng kêsêmpyok tumut ngraosakên botên sakeca, malah kêpêksa lajêng sami ngili. Môngka mênggahing sayêktosipun, para bôngsa ngamônca wau anggènipun sami dêdunung wontên ing ngriku, namung prêlu ngupados pagêsangan asarana among dagang, ingkang wosipun damêl kamajênganipun praja. Tamtunipun inggih wontên ingkang damêl botên prayogi, nanging katingaling kajêngipun sae.

Sampun dilalah môngsakala manawi kêdah sawêg rame, tumraping dursila ing Tiongkok inggih majêng sangêt. Ingkang kacariyosakên majêng punika, ing bab ajênging kêkêndêlan, kados ta durjana bangsaning bajag laut, punika panêmpuhing durjana botên namung dhatêng baita alit-alitan, sanadyan kapal api agêng pisan, inggih dipun têmpuh purun, lan sagêd kalampahan amboyong kapal yêktos, tamtunipun tindaking bajag wau inggih botên beda kados tumindaking prajurit kanthi ngakal budi sampurna. Mila tumrapipun ing môngsa punika, kapal ingkang lumampah ing sagantên laladan Tiongkok, botên kenging sêmbrana. Kajawi punika taksih tuwuh caraning durjana nyolong tiyang, namung ngarah pados têbusan. Bab-bab ingkang kados makatên punika, pinanggihipun namung dados têtanggêlanipun ingkang kajibah damêl tata têntrêm. Nanging sarèhning nuju môngsa kados makatên, sadaya wau inggih namung dados prabot ingkang mêwahi dados rêribêd, wusana gêlêngipun ugi lajêng manjing dados panunggilanipun pêpêrangan.

Ramening paprangan dèrèng tarimah samantên kemawon, ing sapunika tuwuh barisan abrit, ingkang lajêng nalabung kanthi kawantêran lilangkung,linangkung. mêmêngsahan kalihan nagari. Panêmpuhipun wadya abrit inggih gêntos unggul, gêntos kasoran, dados nama gêjag.

Sarèhning kawontênanipun praja Tiongkok kados makatên, lajêng katingal cêtha bilih ing wêkdal punika wontên salêbêting jaman ura-uru, ngrika-ngriki wontên pasulayan, tuwin pêpêrangan, pêpêjah pinanggih saênggèn-ênggèn. Lêlampahan ingkang kados makatên punika namung pinuji tumuntêna sirêp, murih ing jagad pinanggih têntrêm.

--- 1172 ---

Kawruh Jawi

Kawruh Padhalangan VIII.

Mangkya: sapunika | Têkap: dumugi | Wusananirèng: karampunganipun | Gupita: panganggit | Tan wun: botên sanès | Rênggèng: pangrêngganing | Pralambang: pangupama | Tumpa-tumpa: kathah (warni-warni) | Panggung: papan (kèndêl)

Suraos: Sapunika sampun dumugi pangrêngganipun. Botên sanès rêrêngganing têpa palupi warni-warni.

Panggêng: jêjêg | Panggunggung: pangalêmbana | Sang murwèng gita: ingkang cariyos.

Suraos: Tansah nglairakên pangalêmbananipun ingkang cariyos (carita) ngalêm dhatêng sadayaning lampah ingkang linuhurakên.§ Bab kôndha janturan punika, redhaksi namung anglugokakên kemawon, namung mêwahi sakêdhik nêgêsi kados ingkang kawrat ing Kajawèn nomêr 71, amargi botên dipun têgêsi. Red.

Têtêmbungan ingkang kangge wontên sêsêbutan.

1. Dewa, sêsêbutanipun sang hyang utawi: bathara.

2. Ratu, sêsêbutanipun prabu, narpati, sri nata, nalendra, maharaja.

3. Pandhita, sêsêbutanipun bagawan, rêsi, dhanyang, brahmana.

4. Satriya, sêsêbutanipun, radèn, bambang, risang.

5. Putri, sêsêbutanipun dèwi, sang dyah, rêtnaning dyah, rêtnaning ayu.

6. Danawa, sêsêbutanipun ditya, yaksa, wil.

7. Èstri, sêsêbutanipun nyai. Sinuwun (sêsêbutanipun ratu) punika sanès têmbung padhalangan.

Têtêmbungan ingkang kangge wontên paprênahan.

8. Para dewa, para ratu (nata), para satriya tuwin sanès-sanèsipun punika sadaya ngangge têmbung paprênahan. Ingkang botên sinêbut paprênahanipun:

--- 1173 ---

1. Sang Hyang Wênang.

2. Sang Hyang Tunggal

3. Sang Hyang Guru.

Namung Bathara Guru yèn kalihan Bathara Narada, utawi sawangsulipun, taksih ngangge têmbung paprênahan.

Sang Hyang Wênang dhatêng Sang Hyang Tunggal: panunggalan ulun.

Sang Hyang Tunggal dhatêng Sang Hyang Wênang, Hyang Wisisèng Jagad, utawi: Hyang Wisesa.

Sang Hyang Wênang tuwin Sang Hyang Tunggal, dhatêng Bathara Guru: dewataning titah, utawi namung: Nilakôntha, yèn botên inggih: Jagadnata.

Bathara Guru dhatêng Sang Hyang Wênang utawi dhatêng Sang Hyang Tunggal: Hyang Wisesa, botên nyêbut: rama, lan eyang.

Bathara Guru dhatêng Bathara Narada: kakang.

Bathara Narada dhatêng Bathara Guru: adhi.

Bathara Guru dhatêng dewa putra: kulup.

Para dewa putra dhatêng Bathara Guru: Hyang Pikulun.

Bathara Guru dhatêng para dewa sadaya, namung anjangkar namanipun.

Para dewa sadaya dhatêng Bathara Guru: Hyang Pikulun.

Bathara Narada dhatêng para dewa: kulup.

Para dewa sadaya sagêdipun: uwa, utawi miturut prênahipun.

9. Ratu sami ratu sagêdipun nyêbut: kaka prabu, yayi prabu, uwa prabu, paman prabu, miturut paprênahanipun piyambak-piyambak.

10. Prabu Baladewa tuwin Bathara Krêsna dhatêng Prabu Darmakusuma: yayi Samiaji.

11. Satriya dhatêng para ratu nyêbutipun inggih punapa lêrêsipun pêprênahan. Upaminipun: rama aji, utawi: kangjêng rama aji, kenging ugi: rama prabu, paman aji, uwa aji.

12. Gathutkaca, Ôntarêja dhatêng Prabu Suteja: kakang (basanipun ngoko). Sawangsulipun Prabu Suteja dhatêng Gathutkaca, Ôntarêja nyêbutipun namung namanipun kemawon (têmbungipun ugi ngoko).

13. Prabu Suyudana dhatêng para sêpuh ing Ngastina: dhatêng Prabu Dhastharata: rama aji, wangsulanipun: kaki prabu.

Dhatêng Prabu Salya: rama aji Môndaraka - wangsulanipun: anak prabu.

Dhatêng Prabu Baladewa: kaka Prabu Mandura - wangsulanipun: yayi prabu.

Dhatêng Narpati Karna: kakang Narpati Karna - wangsulanipun: yayi prabu.

Dhatêng Rêsi Bisma: eyang Rêsi Bisma - wangsulanipun: putuku, kaki prabu.

Dhatêng Rêsi Durna: paman ing Sokalima (paman Pandhita Durna) - wangsulanipun anak prabu.

Dhatêng Arya Sangkuni: paman ing palasa Jênar (paman Arya Sangkuni) - wangsulanipun: anak prabu.

Badhe kasambêtan.

Wiyata.

Wêlèri, K. 3018.

--- 1174 ---

Rêmbagipun Bancak lan Dhoyok (Pênthul lan Têmbêm).

Rêmbagipun Bancak lan Dhoyok, anggagas bab sakecaipun tiyang gêsang.

Bancak: E, wong urip yèn lagi apês mangkene, dikapakna ya mung ora enak bae, saupama aku dadia wong duwe, ora wurung maling koyok saba kene. Yèn ngèlingi anggonku malarat iki, rina wêngi mung sambèn marêbês mili, la: wong lagi duwe bêras mung sapithi, wis ditutke tôngga sing ngutangi pari. Dhasar manggon kulon gunung wetan gunung, cêglig-cêglig ora tau krungu nang-nung, yèn duwea dhuwit sathithik, ya tanggung, digo butuh kana-kene ora rampung. Nanging kabèh mau rak jênêng gagasan, amikiri nalar sing padha klambrangan, môngka cêtha ujaring para budiman, wong anggagas iku sasat ngumbar setan. Nanging priye upama aku mung mênêng, apa dhêmên bèn diarani wong gêndhêng, lah yèn ngono bêcike tak rêngêng-rêngêng, bokmanawa ana wahyu têka nglênêng.

Lah bêcike nglaras kêmbang jambu karuk, ngisor uwit akèh godhongan têmumbruk, patut bangêt wong sing manggon karêm ngantuk, lumuh gawe dhêmêne mung thênguk-thênguk.

Nanging tumrap wong sing tinunggu ing bêgja, ana uwong wêlas mundhuk-mundhuk têka, sag-sèg nyapu têrus ati lêga lila, barêng bali ninggali wukon salaka.

Kang mangkono kuwi upamane aku, dhuwit mau banjur tak tukokke srutu, nanging aku banjur eling sadulurku, marenea Dhoyok, iki rijêkimu.

[Grafik]

Dhoyok: Aku iki jênêng nêmu bêgja gêdhêg, lagi linggih: ati kêbênêran ayêm, ana kadang sing ngèlingi sudi gêlêm, ana wani srutu sing rasane nglênyêm.

Bancak: Aja gêla Dhoyok gonmu têka mrene, satêmêne ujarku mung wara bae, nanging rèhning wis kabacut têka kene, ayo sambèn kandhan mung sakapenake.

Dhoyok: Yèn prakara gunêman, ya: sagêndhingmu, waton kowe aja nganti ngajak padu wiwitana priye aku arêp krungu, apa ngajak gunêm rasa: gunêm ngèlmu.

Bancak: Yèn bab ngèlmu jênêng rêmbugan bab suluk, disusula iya tiwas ngaluk-aluk, tur cuthêle bakal ora bisa mathuk, dadi bêcik gunêman sing kira rujuk. Aku takon mênyang kowe upamane, mungguhing bab panguripan saikine, [saiki...]

--- 1175 ---

[...ne,] sing kapenak kudu nglakoni kapriye, anjupuka ing bab-bab sing kaprah bae.

Dhoyok: Mungguh aku Bancak enak dadi carik, sabên dina gaweane nulis apik, samubarang tumindake kudu kikrik, yèn kêbênêr sadhela wis munggah clingkrik.

Bancak: Mêngko dhisik, carik kuwi warna-warna, kowe bêcik ngandhakna dhisik sing cêtha, dadi aku anduwèni duga-duga, gonku ngrêmbug ora mung angamandaka.

Dhoyok: Kowe kuwi pancène ora gathekan, mêsthi bae apêse carik kantoran, sing lumrahe jênêng juru tulis karan lan apêse juru tulis paprentahan. Awit kuwi gampang anggone kêtitik, ingatase pangkat sing golongan cilik, waton pêthêl lan nyambut gawene bêcik, ora suwe gawene mêsthi katitik.

Bancak: Yèn rancangan pancèn iya mulih mathuk, nadyan suwe mêsthine ya bisa entuk, nanging kabèh mau mêsthi kudu rujuk, ing têgêse sandhang pangan kudu gathuk. Apa iya wong ngawula tanpa petung, salawase kudu wani nêkêk gurung, môngka mungguh uwong iku ora wurung, suwe-suwe bakal akèh sing ditanggung. Lan elinga balanjane mung sathithik, bêbasane pagaweane mung iplik, lan yèn luput adhakane olèh gitik, ora wurung mung bakal andhêdhêr sêrik.

Dhoyok: Wong anggagas bêcik aja dhuwur-dhuwur, cilik dhisik waton suwe-suwe mulur, bêbasane nadyan uwong arêp mabur, nanging iya kudu angèlingi ukur. Mêsthi bae yèn koèlingi paite, pakolèhe mung agawe pitunane, awit yèn wong kêrasa kêndho atine, banjur kêndho mênyang samubarang gawe. Witing kêndho jalaran saka ngèlingi, kudu arêp nuruti murkaning ati, sing dijôngka mung kudu arêp ngungkuli, ngrumasani awake uwis priyayi.

Bancak: Pancèn lumrah watak ngono bangêt kaprah, salawase wong mung kudu dhangah-dhangah, nadyan cilik rumasa gêdhe sahohah, mula akèh sing banjur kêlumah-lumah. Sabanjure wataking wong salawase, ora pilih pangkat cilik pangkat gêdhe, tumindake akèh sing tiba dhuwure, dadi ajêg tiba apês salawase. Ing sarèhning iki mung jênêng gagasan, coba priye kowe gawea tuntunan, supayane sabên wong nglakoni dhangan, kang têmbene ora tinêmu kapiran.

Dhoyok: Ing sarèhne iki mung tinêmu rêmbug, kapenake kudu tumindak sagadug, aja kaya uripe wong sing wis jadhug, dadi antêng bisa têtêp ora jugrug.

Bancak: Pancèn nyata kandhamu sing ngono kuwi, anane wong sok gampang tinêmu lali, satêmêne saka ora angèlingi, petung rusak uripe nyara priyayi. Dadi mungguh wataking priyayi abot, awit tansah samubarang kudu mrabot, êmoh kalah karo uwong sing sabobot, têmahane sok banjur dadi maleyot. Yèn mangkono tindak sing arane bênêr, pancèn uwis têtêp ajêg kaya ancêr, uwong ora bisa bakal mingar-mingêr. Wis samene bae: besuk salin ingêr.

--- 1176 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah

Anjagi katêntrêmaning tangsi.

Militèr komandhan ing Bandhung, Litnan Kolonèl J.W. Klay, andhawuhakên dhatêng upbêstir Persarikatan Minahasa ing Bandhung, bilih panjênênganipun anyondhongi dhatêng tindakipun pangagêng militèr ing Cimahi, bab ingkang gêgayutan kalihan Dr. Ratulangi. Mênggah têrangipun Dr. Ratulangi ugi botên kakengingakên ngambah papan-papan militèr ing Bandhung.

Sima tutul.

Sampun salêbêtipun kalih wulan punika ing bawah Klathèn ingkang têpang watês Ngayogya, wontên sima tutul ingkang sampun dipun pêjahi gangsal iji. Ing pangintên taksih kathah panunggilanipun malih, awit wontên tiyang kalih ingkang sampun amrêgoki sima wontên ing patêbon. Sima-sima wau kintên-kintên asli saking wana ing rêdi Mêrapi, jalaran saking nuju môngsa têrangan, sami pados mangsan.

Taman pustaka kabangsan.

Golongan pribumi ing Batawi gadhah sêdya badhe ngawontênakên taman pustaka kabangsan, inggih punika satunggiling taman pustaka ingkang sagêd suka tuntunan kawruh, ing sasagêd-sagêd badhe migunakakên basa Indhonesiah.

Pawêdal kênthang.

Miturut pangintênipun Landbouwvoorlichtingsdienst ing Malang, tanêman kênthang ing sakubêngipun Pujon, ing taun punika pawêdalipun kênthang kathah, ing salêbêtipun tigang wulan dumugining wêkasan wulan punika, kintên-kintên wontên 80.000 pikul.

Gupêrnur Sir Cecil Clementi badhe anggêgana saking Eropah.

Kawartosakên, ing wêkasanipun taun punika, Gupêrnur Cecil Clementi sasampunipun wontên ing Eropah sawatawis dangu, wangsulipun dhatêng Singgapura badhe nitih mêsin mabur saking Amsterdam.

Pitakenan ing bab Dhigul.

Warga twèdhêkamêr Tuwan L. de Visser ngaturakên pitakenan dhatêng ministêr pan koloniên, punapa yêktos jalaran saking wontêning sêsakit malariah ing Dhigul ambêbayani tumrap lare-lare anaking têtiyang bucalan, kados ingkang kasêbut palapuranipun Tuwan W.P. van Hillen, punapa palapuran wau inggih kagiyarakên. Bab makatên punika punapa kenging kangge wêwaton anyuwak papan pambucalan wau, kajawi punika ugi gadhah panyuwun suwaking anggêr pamasesa tumraping gupêrnur jendral.

Sêtudhèn bôngsa Indhonesiah ing Mêsir.

Kawartosakên, para sêtudhèn Indhonesiah ing Mêsir ngêdêgakên komite kanamakakên Indonesia Bazaar. Kajêngipun badhe mitongtonakên barang-barang kagunan wêdalan Indhonesiah, anyarêngi badhe wontênipun tèntunsêtèlêng ing Mêsir benjing Pèbruari 1931. Kajawi punika ugi badhe mêdharakên ing bab asil wêdalan Indhonesiah.

Mr. Susanta Tirtapraja.

Wiwit tanggal kaping 2 wulan punika, Mr. Susanta Tirtapraja, pangarsa landrad ing Kêbumèn tuwin Karanganyar, katêtêpakên dados lanrèhtêr ing Kêdhiri.

Ing bab arta darma f 30.000.-

Jalaran saking pitakenaning liyan, Dr. Sutama amangsuli, bibihbilih. arta darma f 30.000.-, ingkang kawartosakên ing sêrat-sêrat kabar, asli saking bôngsa Walandi, malah dipun cêthakakên saking Tuwan Ottolander ing Banyuwangi, lêrês Dr. Sutama têpang sae kalihan tuwan wau, nanging botên gêgayutan ing bab pulitik, dene arta f 30.000.- botên saking tuwan wau.

Ngandhapakên waragad.

Kawartosakên, waragading lampah anggêgana K.N.I.L.M. kaandhapakên saking Batawi dhatêng Surabaya, rumiyin f 115.- sapunika f 90.-. Batawi dhatêng Sêmarang, rumiyin f 70.- sapunika f 60.-. Sêmarang dhatêng Surabaya, rumiyin f 45.- sapunika f 40.-.

Asiah

Bêbaya ing Kansu.

Pèiping 1 Sèptèmbêr (Aneta-Nipa). Sawêg kemawon propènsi ing Kansu luwar saking bêbaya kaluwèn, saha gadhah pangajêng-ajêng panenanipun sae, nanging lajêng katrajang ing bêbaya lindhu agêng, prahara tuwin bêna, ingkang ngantos ngrisakakên pasitèn panjangipun 40 mil. Kathah kasangsaran.

Nutup pabrik tênun.

Bombai 1 Sèptèmbêr (Aneta-Nipa). Wontên pabrik tênun 6 panggenan katutup, dados kalihan ingkang rumiyin wontên 24. Têtiyang ingkang botên nyambut damêl wontên 60.000.

--- 1177 ---

Sang Gandi tuwin ing bab padhami.

Bombai 3 Sèptèmbêr (Aneta-Nipa). Para juru angrêmbag padhamèn sampun pinanggih kalihan Sang Gandi tuwin nyonyah Naidhu wontên pakunjaran ing Ponah, ananging katingal cabar ing damêl. Nanging wontên pawartos, ing bab rêrêmbagan kalihan Sang Gandi badhe kalajêngakên, ewadene umumipun ing ngakathah, amastani badhe cabar.

Nyêpêngi golongan abrit.

Constatinopel 3 Sèptèmbêr (Aneta-Nipa). Wontên tiyang 30, wontên ingkang sêtudhèn, propesor tuwin bêrah sami dipun cêpêng, jalaran sami golongan komunis. Sadaya wau sami kadakwa ambêbujuk dhatêng rakyat golongan warni-warni, tuwin kadakwa adamêl tuntunan sêsambêtan kalihan dhèrdhê intêrnatsional. Tuntunan ingkang sakalangkung wigatos wau pinanggih wontên ing Turki. Têtiyang ingkang kadakwa sami kacêpêng wontên ing Angora, tuwin ing Zongouldak, têlênging kabudidayan arêng sela.

Eropah

Kawruh enggal

Parijs 28 Agustus (Aneta-Nipa). Expeditie bôngsa Prancis sampun bidhal dhatêng sagantên pasir Saharah, badhe nindakakên cobèn-cobèn, awit miturut kawruh, sagantên pasir wau anutupi talaga, bilih kapompa, sagêd ugi ngêdalakên toya, saha kenging kangge ulah siti.

Hawa bêntèr.

Londen 29 Agustus (Aneta-Nipa). Gunggunging tiyang tiwas ingkang jalaran saking kataman hawa bêntèr wontên 30. Ing kitha Londen têrus bêntèr, lêksan tiyang ingkang badhe lêrêm dhatêng sanès pulo, tuwin lêksan ingkang sami adus wontên ing lèpèn Thame ing wanci dalu.

Berlijn 29 Agustus (Aneta-Nipa). Hawa bêntèr tansah karaos wontên ing Eropah. Kathah bawah Jêrman ingkang tèrmomètêripun 35 grad. Pabrik Inggris tuwin Sêpanyol kathah ingkang tutup, jalaran saking botên tahan hawa bêntèr.

Nagari Walandi.

Tuwan Haji Salim badhe wangsul.

Den Haag 29 Agustus (Aneta-Nipa). Wontên pawartos, bilih Tuwan Haji Salim, ing têngah-têngahanipun wulan punika badhe wangsul dhatêng Indhonesiah.

Pawartos saking Administrasi.

Lêngganan nomêr 3050 ing Purwarêja, M.N. Sala. Wisêl f 4.50 sampun katampi. Lêpat kula dene ingkang mêsthinipun kangge abn. No. 3181 punika, kalêbêt dhatêng pambayaranipun tiyang sanès ingkang nomêr lênggananipun mèh sami. Sapunika sampun kalêrêsakên, ananging abn. No. 3181 botên sagêd tampi Kajawèn nomêr 57 dumugi 62 awit sampun têlas. f 1.50 kalêbêtakên bayaran wulan Ogustus, dumugi Oktobêr 1930, dados Juli botên kapetang dados lêngganan. Sampun kirang ing pamêngku.

Lêngganan nomêr 680 ing Jêmbêr. Kula aturi maos wangsulan saking administrasi kawrat ing Kajawèn nomêr 69.

Lêngganan nomêr 3305 ing Mayong. Wisêl f 1.50 ingkang nêmbe kula tampi punika tumrap ing wulan Agustus dumugi Oktobêr, dados kaping 1 Nopèmbêr panjênêngan kêdah mêwahi f 1.-, cêkap ing taun punika.

Wara-wara Prêlu Kawaos

Putra wajib ajrih tuwin ambangun turut dhatêng rama. Makatên ugi rama, inggih wajib kêdah ngêmong lan anglêgani putra. Dados manawi wontên panêmbung: pak, bok inggih lêngganan Kajawèn, punika wajib dipun pituruti.

Panyuwunan ingkang kados makatên punika botên anèh, awit wêdalipun Kajawèn ing wulan ngajêng punika, dipun wêwahi waosan lare, ingkang badhe damêl: bingah, wêkêl tuwin mungkuling lare.

Dene para lêngganan lami, kados putranipun botên mawi ngawontênakên panêmbung makatên, awit ingkang rama tamtu lajêng ambayar rêgining Kajawèn kuwartal ingkang kaping 4 kemawon.

--- 1178 ---

Wêwaosan

Sêrat Ramayana

12.

[Pocung]

putraningsun sira ywa puguh ing kayun / yogya umèngêta / [...] /Naskah rusak. turutana karsane kulup Barata //

aywa [...] / [...] / ngugêmi pangucap / ingkang wênang o[...] / iku kulup sira yogya ngèlingana //

lan wus patut kalamun sira miturut / ature Barata / kang wus atata tiniti / kang tinêmu atêtêp tanpa rubeda //

mung tumungkul Sang Rama nuli sumundhul / aturira cêtha / dhuh ibu salwiring gati / [...] //

ingkang ibu nulya ngambali [...] / [...] / sanggyanira wus miranti / songsong gora [...] //

nanging tuhu Sang Rama datan mituhu / wê-[...] / wangsul datan antuk kardi / gêgêlakan wus praptèng pra[...] //

têmah tuwuh Sang Barata datan ewuh / arsa [...] / mrih rahayuning nagari / awit nyata tan samar karsaning Ra[ma] //

nulya nyamun ngagêm kapandhitan sampun / lan nulya a[...] / tan têbih saking nagari / dyan tumindak sacarèng mêngkoni pra[ja] //

kanthi dhawuh warata aparing wêruh / wruha sanggyanira / kala [...] Ayodya sami / yèn samangkya ingsun makili narendra //

dene iku canela agêm sang prabu / dèn trapna kang mapan / nèng kering songsong narpati / angantia kongsi praptane Sang Rama //

awit iku kang jati narendra tuhu / misesa Ayodya / poma dèn samya nuhoni / dhawuh ingsun marang sira sanggyanira //

pan wus lulus sadaya kang wus kawuwus / nênggih Sang Barata / têtêp dènira [...]kili / lumastari manis tanpa sambekala //

VI. Sang Rama ginodha ing rasêksi.

[Dhandhanggula]

saunduring ibu miwah ari / têmah tuwuh ing cipta Sang Ra[ma]/ datan têntrêm panggalihe / nulya bidhalan laju / anilar kang asrama nguni / lampahira katiga / samya runtung-runtung / analasak wanawasa / ingkang dahat rungkut atanapi wêrit / kèbêkan ing bêbaya //

Sang Laksmana dènira lumaris / anèng ngarsa mêmiyak mèt marga / amung murih sakecane / tindakira sang ayu / kang satuhu asuku ringkih / aywa kongsi angidak / ri-êri kêmarung / dene sang satriya Rama / anèng wuntat rumêksa pring[ganing mar]gi / kang tan kêni kinira //

lampahira sang kaswasih [...] / nulya prapta ing wana Dhandhaka / samya raryan sadayane / Jatanara ing ngriku / wana agung dahat awêrit / kèbêkan ing raksasa / kang tan budi ayu / ananging ugi tan kirang / para wiku kang anggêntur manguntèki / datan pêgat mêmudya //

duk samana sawijing ari / apan wontên rasêksa kawuryan / marêk ngarsèng abinage / katon arsa ngrêridhu / warnanira dahat ngajrihi / saryya gumujêng latah / tan sarônta nêmpuh / ambopong mring Dèwi Sita / datan pisan raksasa samar ing wèsthi / Dèwi Sita binêkta //

nanging datan kongsi praptèng têbih / kang raksasa kêni tinututan / ing Sang Rama lan arine / têmah kêni rinêbut / dahat sukur Sang Sita Dèwi / têmahan kang raksasa / winisesa rampung / tan pisan môngga puliha / ing wêkasan têtêp adêdunung katri / anèng wana Dhandhaka //

dènnya manggèn madyaning wanadri / pan pinetang wus sadasa warsa / dene salami-lamine / dènnya samya dêdunung / datan kêndhat anggung angalih / ngupaya kang pandhita / kang ingaran punjul / katri anggung puruita / datan pêgat winulang ing para rêsi / kanthi suka pirêna //

lan sanyata Sang Rama lan ari / ing salami atindak rumêksa / para tapa rahayune / anggung nanggulang kewuh / kang tumêmpuh para maharsi / têmah têntrêm sanyata / lulus ing sadangu / dadya ing kaananira / satriya dwi daya-dinayanan sami / lawan para pandhita //

ing kalane nuju môngsa ratri / Dèwi Sita anggung lênggah pêrak / datan kêndhat mirêngake / wêwulanging pra wiku / rinaos trus tumanêm galih / dene ari Laksmana / sumadhia saguh / alêlados maring raka / lan sang dèwi tan pisan anguciwani / umèngêt kadang mudha //

lan wus sampat dènnya nyadhiyani / wisma ingkang môngka panglêrêman / ing raka miwah garwane / wismanira winangun / dahat raras tan nguciwani / nèng têpining narmada / Godhawari mungguh / Sang Rama dahat karênan / marma dènnya adêdunung kongsi lami / dening linut ing suka //

duk samana nuju wanci enjing / amarêngi ing môngsa katiga / raos atis sadayane / sang kaswasih katêlu / apinuju lênggahan sami / nèng sajawining wisma / Sang Rama amuwus / anggênu salwir lêlakyan / kang kapungkur tanapi ngraosi ugi / kang arsa linampahan //

mila mangkya Sang Rama anggusthi / dening emut dènnya tilar praja / wus cakêt kawêkasane / duk samana winuwus / pan kawuryan wontên rasêksi / langkung ing cakêtira / duk yaksi andulu / marang sang satriya Rama / ing sakala kakênan kandhuhan brangti / nulya marêk Sang Rama //

wusing cakêt umatur rasêksi / kaparênga Sang Rama anilar / maring kang garwa ing mangke / dene sanyatanipun / garwanira anguciwani / kêra datanpa rupa / ing wêkasanipun / nuli parênga anggarwa / mring rasêksi lan parêng jumênêng aji / wontên wana punika //

duk umirêng aturing rasêksi / ing panggalih Sang Rama tan rêna / nanging tan katon sêmune / malah wahyaning wuwus / linut gujêng arasa manis / amung jatining karsa / tan pisan panuju / kang yaksi ing sanalika / dahat krodha anaut marang sang putri / apan arsa dèn môngsa // (Badhe kasambêtan)

--- [1179] ---

Ôngka 74, 18 Rabingulakir, Taun Jimawal 1861, 13 Sèptèmbêr 1930, Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50. Bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Ngobrol ing Dintên Sabtu

Kawontênan ingkang botên kinintên-kintên

Ing dintên punika badhe kula obrolakên wontên ing udyana Kajawèn ngriki, ing bab rèmèh sangêt, sanès kawruh ingkang muluk, sanès ngèlmu ingkang dakik-dakik, lan ugi sanès pakabaran ingkang wigatos, ngêmungna kula badhe anglairakên gumuning manah kula, dene ing jaman samangke punika kathah lêlampahan-lêlampahan ingkang dumadosipun tanpa kenging kinintên-kintên, wontên ingkang anggumunakên, wontên ingkang angagètakên, wontên ingkang adamêl ajrih, nanging ugi wontên ingkang adamêl kapingkêl-pingkêlipun tiyang kathah. Cêkakipun ingkang badhe kula dongèngakên punika, lêlampahan-lêlampahan ingkang kala alit kula botên wontên tiyang ingkang badhe nyana utawi ngimpi, manawi saèstu badhe sagêd kadadosan, dados ingkang jan nama ngobrol saèstu, aliyas omong kosong. Amila panuwun kula dhatêng para maos, mugi-mugi obrolan kula punika panjênêngan langkungana kemawon, sampun ngantos dipun waos, eman-eman manawi wêkdal panjênêngan ingkang kathah pangaosipun, namung dipun bucal kangge maos barang ingkang tanpa guna punika. Ewadene manawi panjênêngan botên krêsa angagêm atur kula punika, nanging mêksa maos pangobrolan kula, sampun lajêng kêduwung ing pawingkingipun, jêr kula sampun ngaturi èngêt langkung rumiyin.

Ing ngajêng sampun kula aturakên, bilih ing jaman samangke punika kathah lêlampahan-lêlampahan, ingkang tuwuhipun sakawit adamêl: gumun, kagèt, ajrih utawi kapingkêl-pingkêling tiyang kathah. Cobi kula aturakên ing ngriki mênggah sabab-sababipun, dene kula anggadhahi paturan kados ing ngajêng punika:

Ingkang kalêbêt golongan ingkang kapisan, inggih punika wontêning lêlampahan, ingkang anjalari gumuning tiyang kathah. Kados ta miturut dêdongenganipun, satriya Jawi punika ing kala rumiyin, nêbihakên dhatêng dhahar utawi nendra, tansah angagêngakên tapabrata, nanging saking dayaning pangajaran modhèrên punika, satriya ing jaman samangke, manawi sakenjing botên kalêbêtan sêkul gudhêg, inggih masuk angin sayêktos, punapa malih manawi kasupèn kopinipun tubruk, mumêtipun inggih sadintên muput. Ewahing wêwatakanipun satriya ing jaman rumiyin [...] punapa botên adamêl gumuning tiyang kathah. [...] ing kawontênan-kawontênan enggal ingkang gêgayutan [...] ing bab tèhnik (techniek) saya langkung-langkung anggumunakên. Kados ta: wontênipun têtumpakan motor, sêpur, baita, punapadene masin mabur, saya dangu anggènipun saya sakeca, sarta saya suda anggènipun ambêbayani. Langkung malih tumraping masin mabur, lampahipun saya dangu saya rikat lan saya inggil, ngantos pintên-pintên èwu mètêr inggilipun saking dunya. Saking lêpas sarta inggiling lampahipun masin mabur wau, sintên sumêrêp, yèn anaking putu kula ing têmbe, manawi badhe pêpanggihan kalihan kancanipun [kancanipu...]

--- 1180 ---

[...n] sêkolah ingkang sarana sidhêman, botên prêlu pêpanggihan wontên ing gambar idhup malih, nanging lajêng têrusan kemawon numpak masin mabur dhatêng ... rêmbulan.

Samangke ingkang kagolong ingkang kaping kalih, inggih punika wontêning lêlampahan ingkang sakawit adamêl kagètipun tiyang kathah, punika upaminipun ingkang nyêbal kalihan adat tatacara kina. Mênggah tuladha-tuladhanipun ingkang makatên punika, kathah sangêt. Para ingkang badhe ngêkahi dhatêng adat kina tuwin botên purun ngèngêti dhatêng lampahing jaman, mêsthi kagèt, gidro-gidro, lan botên rila sangêt, manawi tatacaraning lêluhuripun ingkang sampun turun maturun, badhe dipun ewahi. Nanging bawanipun ewahing jaman punika, sanadyan dipun alang-alangana kados punapa têmtu inggih lajêng kemawon, ingkang suwaunipun dipun anggêp awon, danguning dangu mêsthi lajêng dipun wastani sae. Kados ta upaminipun ing jaman rumiyin, lare èstri ingkang rêmên malajêng-malajêng, rêmên gumujêng, punapa malih rêmên: trig-trigan, inggih lajêng kemawon dipun wastani: mènthèl. Nanging ing samangke lare ingkang makatên punika malah dipun anggêp cikat, tandang, andêmênakake, kathik sêportip (sportief) têgêsipun lare ingkang ngudi dhatêng sêporêt, têtela manawi badanipun saras. Nanging wontênipun panacad lajêng dados pangalêmbana wau, inggih mawi dipun lêti: pintên-pintên pangerang-erang, pangawon-awon, utawi panyaruwe, mênggah tumraping wanita ingkang sampun semah, punika ing ka[...] lajêng sok kêrêp nilar griya upaminipun, inggih lajêng wontên kemawon ingkang ngerang-erang ingkang botên-botên kados ta dipun wastani: wong wadon dhêmên nôngga, wong wadon doyan plêsir, lan sasaminipun. Nanging ing samangke, botên kirang kemawon para wanita ingkang griyanipun kados dipun anggêp pasanggrahan kemawon, jalaran saking awisipun wontên ing griya, kadhangkala malah kesah têbih ngantos pintên-pintên dintên, jalaran badhe nênggani bêrgadêring, damêl sêsorah tuwin sasaminipun. Samangke tiyang èstri ingkang makatên punika, malah dipun wastani: jêmpol, awit dipun anggêp satunggiling wanita, ingkang ngudi dhatêng kamajênganing bangsanipun. Nanging sapintên para wanita anggènipun kêdah nandhang susah, nandhang kalingsêman, lan sapiturutipun, sagêdipun angsal sêsêbutan jêmpolan wau. Jalaranipun botên sanès, inggih sabab saking kadakwa badhe ngrisak tatacaraning para lêluhuripun ingkang sampun turun-maturun wau.

Wontên malih lêlampahan ingkang adamêl gumuning tiyang kathah, jalaran salaminipun dèrèng nate wontên lêlampahan ingkang makatên, inggih punika nalika wontên pasar Gambir ing Batawi ingkang kapêngkêr punika, kathah para Walandi sami lapur dhatêng kapulisèn, anggènipun sami dipun bekot dening ... sopir-sopir taksi. Miturut palapuranipun wau, kala punika manawi wontên Walandi badhe numpak motor taksi, sopir taksi mèh ajêg nolakipun, sarana pawicantênan, bilih motoripun risak utawi sampun wontên ingkang nyewakakên sasaminipun. Nanging manawi bôngsa Tionghwa utawi têtiyang siti ingkang badhe numpak, inggih lajêng mak slênthêr dipun tarik kemawon. Môngga, punapa punika botên anggumunakên, ingatasipun golongan kaum kuwasa têka dipun bekot. Ingkang makatên punika rak dèrèng nate kalampahan. Ewasamantên para sopir inggih botên kenging dipun paibên, awit bôngsa Walandi punika botên kirang kemawon ingkang anggadhahi watak kados: Ditya Sundhanggrawah, dhatêng sintên kemawon badhe anyênggara macan, murih dipun ajrihi ing tiyang. Makatên ugi tumrap dhatêng sopir, tondak-tandukipun kasar, manawi sampun numpak, pambêkanipun ingkang gadhah motor, lan pun sopir kêthiplakipun ingkang awon. Dene manawi dhawah wancinipun kêdah bayar, anggènipun ambayar wau: tlêthik, botên ambêjaji. Sanadyan kosok-wangsulipun ugi kathah kemawon Walandi ingkang alus tandangipun lan anggadhahi manah koma-koma, mêksa inggih lajêng dipun pukul gambang sama rata kalihan Walandi ingkang kasar-kasar wau.

Samangke ingkang kagolong kaping tiganipun, inggih punika kawontênan ingkang adamêl ajrihipun tiyang kathah, punika botên ngêmungakên wontênipun dêdamêl-dêdamêl modhèl enggal, kados ta: sanjata rêpêtir, mariyêm 42 cm utawi sanjata gas sarta sanjata mêsin, ingkang manawi sampun dipun tamakakên: rêkiyês, rêkiyês, adamêl tiwasing pintên-pintên tiyang, nanging ugi gèsèhing piwulang ingkang pinanggih wontên ing gêsang sêsrawungan punika, kados ta: kala alit dening guru kula Walandi asring dipun wulang, sampun ngantos supe dhatêng piwulang Walandi ingkang ungêlipun: Eerlijkheid duurt het langst, manawi Kajawèkakên, têgêsipun kintên-kintên: ati suci kuwi kang slamêt dhewe. Mênggah pikajênganipun: tiyang gêsang punika murih wilujêngipun, kêdah ingkang têmên, sampun rêmên goroh, salingkuh lan sasaminipun. Piwulang ingkang makatên punika pancèn inggih lêrês sangêt, nanging pangêcakipun ugi kêdah dhatêng tiyang ingkang suci manahipun. Cilakanipun dene ing donya punika kathah tiyang ingkang botên makatên watakipun, ingkang anjalari kula sok lajêng sinau goroh utawi salingkuh, upaminipun: kêrêp kemawon kula dipun ajak rêrêmbagan kalihan pangagêng kula, sanadyan ing batos kula botên cocog babarpisan dhatêng pamanggihipun pangagêng kula wau, ing lair kula kapêksa umatur: inggih kasinggihan dhawuh dalêm kangjêng.

Dene ingkang kagolong ingkang kaping sakawan, inggih punika lêlampahan ingkang adamêl kapingkêl-pingkêlipun tiyang kathah, punika tuladanipun kathah sangêt, nanging ing ngriki kula namung badhe mêndhêt conto satunggal. Miturut wawasanipun tiyang Jawi, wanita ingkang dipun wastani endah ing warni punika, wanita ingkang rikmanipun cêmêng, panjang angandhan-andhan, nanging jalaran saking dayaning jaman kamajêngan punika, têka lajêng wontên wanita Jawi ingkang potong rikma, ngantos awujud pêksi drêbombok, anjalari icaling kasipatanipun wanita.

Sampun, sampun, kados sampun cêkap obrolan kula ing dintên punika. Minôngka mungkasi kula angakêni, bilih ing jaman samangke punika kathah kawontênan-kawontênan ingkang saèstu adamêl cingaking tiyang kathah. Sanadyan nama kawontênan anèh, ewasamantên sanès kuwajibanipun Kajawèn, tumut angrêmbag katêtêpanipun bupati Kristên ing Prabalingga. Anèhing kawontênan-kawontênan ing donya, sintên sumêrêp, bilih ing têmbe lajêng wontên sêmbahyangan ing greja ingkang dipun imami dening pêngulu, utawi kêndhuri dipun dongani dening ... guru Injil.

Pênthul.

--- 1181 ---

Pasamuwan Wiyosan Dalêm Nata, ing Surakarta

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun gupêrnur ing Surabaya, Paduka Tuwan HARDEMAN, (nginggil piyambak ingkang têngah), tuwin para agêng sanès-sanèsipun, ing Surabaya, ingkang sami mahargya wiyosan dalèm.

--- 1182 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja Ind. Arts. Ing Kudus.

Pamriksaning daging.

1. Punapa paedahipun ulam daging maesa lêmbu utawi sanèsipun kapriksa dening Keurmeester utawi Dokter kewan.

Ing bab nêdha utawi têtêdhan saha ing rêrêgêding têtêdhan sampun katrangakên. Samôngsa tiyang kêtuwukên nêdha punika sagêd nukulakên sêsakit, manawi kirang nêdha badan kirang kiyat, manawi botên nêdha dangu-dangu badan ringkih, wêkasan pêjah.

Kajawi punika têtêdhan ingkang dipun têdha ing tiyang wau, sagêd katutan rêrêgêd utawi ambêkta wisa utawi baksil (bacterie), kalêbêt ing badan sagêd nukulakên sêsakit warni-warni.

Ôngka satunggal daging ingkang limrahipun katêdha dening tiyang punika asring wontên amanipun cacing utawi sanèsipun kados ta cacing pita (lintworm) punika gêsangipun wontên ing usus tiyang,§ Sagawon utawi kucing. tiganipun katut ing sêsukêripun tiyang ingkang gadhah sêsakit cacing pita wau, mêdal dhawah ing siti. Tigan wontên ing siti sagêd nêtês dados cacing lêmbat-lêmbat, upami wontên ing toya, cacing alit-alit wau sagêd gêsang nglangi ing pundi-pundi, wêkasan sagêd gêsang kèndêl wontên ing panggenan ingkang jêmbêg-jêmbêg utawi panggenan ingkang wontên toyanipun mambêt. Sasampunipun cacing alit-alit ragi agêng sagêd sami anggamblok utawi tumèmplèk ing gêgodhongan utawi rêrumputan utawi ing barang sanès. Samôngsa toya kaombe utawi rumput ingkang wontên cacingipun alit-alit katêdha dening lêmbu maesa utawi kewan sanès, cacing lêmbat-lêmbat wau sagêd kalêbêt ing wadhuk, tutawiutawi. ing usus kewan-kewan punika. Ing wadhuk utawi ing usus cacing-cacing sagêd ambutul daging kêndhangan wadhuk utawi usus lumêbêt ing êrah lajêng sagêd anjog ing daging (spier), ing ngriku cacing alit-alit sagêd dados agêng, sakawit kadosdene plênthing alit-alit, pêthak wontên ing lêbêt daging. Plênthing-plênthing wau agêngipun sami kacang ijêm utawi kacang Arab, ing nglêbêt plênthing isi toya ingkang wontên wiji badhe êndhas cacing pita wau.§ Warninipun kados wiji dlima, nanging bundêr.

Cacing pita ingkang dados amanipun tiyang wontên ing usus punika, thukulipun wontên ing daging lêmbu maesa menda lan andhapan utawi ulam loh.

Manawi tiyang saras nêdha daging ingkang wontên wijinipun cacing wau ingkang botên matêng saèstu anggènipun anggodhog utawi anggorèng, tiyang sagêd katularan kalêbêtan cacing punika.§ Wontên ing padharan, ingkang pating plênthing wau lajêng pêcah, dumugi ing usus lajêng santun wujud kadosdene pita, mawi ros-rosan, ngantos panjang sangêt, môngka sabên ros sagêd nigan piyambak ngantos pintên-pintên atus. Red. Katawisipun daging ingkang wontên wijinipun cacing wau katingal plênthing-plênthing pêthak, sêmu jêne, agêngipun sami kacang ijêm (sampun kapratelakakên ing ngajêng) trêkadhang langkung agêng. [agêng...]

--- 1183 ---

[....]

Daging andhapan ingkang wontên wijinipun cacing trichine punika manawi katêdha dening tiyang sagêd ugi langkung ambêbayani. Cacing trichine wontên ing daging sawarni cacing ingkang lêmbat sangêt, mlungkêr kadosdene pir èrloji, kabuntêl ing bungkus ingkang wulêd saha ingkang andadosakên kiyat botên gampil sagêd risak utawi sirna dening bêntèring toyau gorengan. Samôngsa daging ingkang ngandhut cacing trichine wau katêdha, bungkusanipun cacing sagêd ambyur lajêng wijining cacing kalêbêt wontên ing wadhuk usus, tangkar-tumangkar dados cacing lêmbat-lêmbat, ing ngriku sagêd anjog ing êrah kabêkta ing badan sakojur manggèn ing urat-urat, daging ingkang kangge ambêkta tiyang sami mlêngkêr, ing ngriku ingkang lajêng sagêd nukulakên sêsakit bêntèr sangêt, ambêkan cêkak, wêkasan ingkang kataman tiwas.

Sarèhning trichine wau sangêt lêmbatipun, sagêdipun katingal, daging kêdah kapriksa mawi microscoop (trichinoscoop) dening para ahli.

Lêmbu ingkang sakit t.b.c. manawi sêsakitipun sampun nimbal dhatêng kêbuk utawi sanèsipun, puhanipun sagêd katularan utawi ngandhut baksil t.b.c., puhan makatên punika dipun ombe ing tiyang utawi lare sagêd anulari t.b.c. wau.

Langkung ambêbayani malih manawi têtêdhan utawi daging ingkang sampun wontên wisanipun sêsakit utawi sampun bosok, katêdha dening tiyang, punika lajêng sagêd andadak nukulakên sêsakit ingkang aniwasi.

Ingkang kathah lan limrah ulam daging ingkang wontên wisanipun asli saking kewan ingkang sampun sakit kapêksa dipun pragat, rumaosipun ingkang gadhah kewan (lêmbu maesa menda utawi sanèsipun) ingkang sampun sakit eman manawi lajêng pêjah, andadosakên kapitunan, amila enggal kabujêng dipun pragat, dagingipun sagêd kasade, botên dipun manah manawi daging wau katêdha tiyang sagêd ambêbayani, makatên ugi daging ing blèg (conserven) manawi sampun risak jalaran saking lami, blèg sampun naiyèng, wontên bolongan sakêdhik kemawon sagêd adamêl risak utawi bosoking daging.

Wisa sêsakit utawi bacterie ingkang wontên ing daging ingkang kathah lan limrah kiyat sangêt. Mila daging ingkang makatên wau, manawi panggodhogipun utawi panggorèngipun kirang matêng katêdha tiyang, taksih sagêd anjalari thukulipun sêsakit punika.

Adat tiyang ingkang nêdha ulam daging ingkang wontên sêsakitipun, salêbêtipun sawatawis jam sampun kraos, wêtêng ênêg, mulês, nuntak-nuntak, murus trêkadhang mawi bêntèr, adat ingkang sakit botên antawis dangu sagêd saras, trêkadhang saya sangêt lan sagêd tiwas.

Sêsakit ingkang nama Botulismus punika thukulipun jalaran tiyang nêdha têtêdhan ingkang ngandhut baksil Botulismus, punika gêsangipun wontên ing usus kewan, manawi kewan ingkang ngandhut baksil badhe pêjah, baksilipun lajêng sami pindhah manggèn ing urat daging, ing ngriku tangkar-tumangkar ngêdalakên wisa (taxine) ingkang kiyat sangêt botên gampil sirna dening bêntèring toya umob utawi gorengan. (Badhe kasambêtan)

--- 1184 ---

Kawruh Jawi

Kawruh Padhalangan

IX.

14. Para ratu dhatêng pramèswarinipun: bok ratu, utawi: yayi dèwi - wangsulanipun: kaka prabu, utawi kangjêng dewaji.

15. Para Kurawa dhatêng Pandhawa inggih miturut paprênahanipun (Kurawa ngoko, Pandhawa krama, namung yèn pinuju pasulayan lajêng sami ngokonipun).

16. Wêrkudara dhatêng Prabu Darmakusuma: aji kakangku, utawi: pambarêp kakangku. Yèn dhatêng Bathara Krêsna: jalithêng kakangku. Dhatêng Prabu Baladewa: Baladewa kakangku. Dhatêng Bagawan Abiyasa: Abiyasa kakèkku. Dhatêng para ratu sanèsipun namung anjangkar kemawon. Dhatêng Bathara Guru: Guru kakèkku. Dhatêng Prabu Suyudana: Jakapitana kakangku, utawi: Suyudana kakangku.

17. Prabu Krêsna dhatêng Arjuna: yayi kaipe, utawi: kaipe. Dhatêng Wrêkudara: adhi Wrêkudara. Dhatêng Nakula, Sang dewa, yayi.

18. Para dewa lan widadari dhatêng para ratu: kaki prabu. Dhatêng trah Pandhawa: yoga kêkasih.

19. Arjuna dhatêng garwanipun, namung nyêbut namanipun kemawon. Sawangsulipun para garwanipun dhatêng Arjuna: kangjêng pangeran (kangjêng paran)

20. Ratu dhatêng putranipun: kulup. Upaminipun Bathara Krêsna dhatêng Sômba, kulup Sômba. Trêkadhang inggih namung namanipun kemawon.

Mênggah katêrangan ing nginggil punika namung kapêndhêt ingkang prêlu-prêlu kemawon, minôngka ancêr-ancêr. Murih sampun ngantos kalinta-kalintu anggènipun ambasakakên satunggal-satunggaling ringgit, prayogi amriksani asal-usuling ringgit, (sarasilah). Bab punika yèn botên kalintu kawrat ing Sêrat Pustakaraja, utawi Purwacarita.

Têtêmbungan sawatawis ingkang kangge pocapaning ringgit.

Basa jawata:

1. Ulun - kula.
2. Kita - sampeyan.
3. Ênggèh - inggih.
4. Boya - botên.
5. Pênapi - punapa
6. Hong - adhuh.

Tuladha pocapan.

Bathara Guru: Kakang Kanekaputra.

Bathara Narada: Pênapi adhi guru.

--- 1185 ---

Kita ulun utus nimbali yoga kêkasih Si Arjuna.

Ênggèh, adhi guru, pênapi boya mawi kanthi adhi guru.

Boya kakang.

Sabdaning dewa (sêbuting dewa): hong buwana langgêng.

Basa kratonan.

1. Ingsun - aku.
2. Para - mu (sampeyan).
3. Manira - aku (kula).
4. Pakênira - kowe (andika)
5. Boya - ora (botên).
6. Wèntên - wontên.
7. Pênapi - napa (punapa).
8. Sira - kowe.

Tumrap ratu dhatêng wadya, nadyan kangge saliranipun piyambak inggih mawi krama inggil.

Tuladha pocapan.

Bagea satêkanira ana ing ngarsaningsun.

Boya dadi runtaging atinira, sira sun timbali, ana ngarsaningsun.

Prabu Suyudana: Paman ing Palasajênar.

Patih Sangkuni: Kula nuwun anak prabu.

Êmpun dados runtaging ati pêkênira paman, manira timbali wèntên ngajêng manira.

Kula nuwun anak prabu. Wontên ing jawi, guguping manahipun pun bapa, kados tinubruk ing sima lêpat, sinambêr ing gêlap tuna. Lir upami kambêngan salômba pinanjêr ing madyaning alun-alun, kasiliring maruta, sakalangkung kumêjot kumitir acaruk maras. Sarêng wontên ing ngarsanipun anak prabu botên anggadhahi manah ingkang kumarasan.

Pênapi mulane paman, pêkênira wontên jawi bangêt kuwatire ati pêkênira, barêng wèntên ngajêng mênira, têka boya darbe ati kuwatir.

Kawula nuwun anak prabu: kawula upamèkakên kawula alit sadaya: mênawi dosa sakit, sayogi anak prabu ingkang nyakitana. Mênawi dosa pêjah, sayogi anak prabu ingkang mêjahana. SasanadyanSanadyan. pun bapa, ing siyang pantara dalu sampun cumaos, atadhah wadana kumurêb ing ngabyantara paduka anak prabu.

Bage-binage tumraping ratu sami ratu.

Ingkang prênah nèm dhatêng ingkang prênah sêpuh: Katuran panakrama kaka prabu rawuh ing praja ...

Wangsulanipun: Katêdha kalinggamurda, yayi prabu asung prêmbage dhumatêng raka para. Tumanêming prênaja, dadosa rah kayuwanan. Badhe kasambêtan.

S. Purwawiyata.

Wêlèri, K. 3018.

--- 1186 ---

Jagading Wanita

Kasêtyaning Wanita

Kasêbut ing cariyos utawi dêdongengan, kasêtyaning wanita ingkang nama yêktos punika, pinanggih wontên ing wanita ingkang bela ing guru laki nalika dumugi ing janji. Manawi ingkang kasêbut cêcariyosan ing jaman purwa, wanita ingkang sêtya ing kakung punika Dèwi Satyawati, pramèswari nata ing Mandraka, Prabu Salya.

Kacariyos Dèwi Satyawati nalika mirêng, bilih raka nata seda ing paprangan, ing wanci dalu sang dèwi lajêng amadosi kunarpaning kakung, tindakipun sang putri nuju wanci pêtêng andhêdhêt, samargi-margi tansah anyandhung wangke ingkang gumlethak saênggèn-ênggèn, awit ing kala punika nuju pêrang agêng, inggih punika pêrang bratayuda. Tratabing galihipun sang putri ing kalanipun anyandhung wangke, botên jalaran saking ajrih, nanging saking tumratab ngintên bokmanawi wangke wau kunarpanipun sang prabu, mila sakêdhap-sakêdhap tansah ngiling-ilingi.

Pêpêtênging dalu sinarêngan sabawaning angin gumrubug, kados nyirêp sawarnining suwara, wêkasan namung araos nyênyêt, têtêp nama papaning pêpêjah. Kasamaraning panggalihipun sang putri tansah ngranuhi, dening pêtêngipun andhêdhêt, namung gêbyaring kilat kala-kala, amitulungi damêl pêpadhang, nanging malah saya damêl kasamaran, awit gêbyaring pêpadhang malah saya adamêl bawuring paningal, kados amokalakên sagêdipun sang putri amanggihakên kakung, awit ing saênggèn-ênggèn pinanggih wangke asungsun timbun, ingkang angèl dipun titik.

Nanging wantunipun sang putri sêtya, wusana inggih lajêng pinanggih, saha sang putri lajêng ambelani kakung, seda asuduk jiwa rumungkêp ing raka nata.

Kasêtyan ingkang samantên wau, tumraping cêcariyosan Jawi, winastan utami sangêt. Lan malih manawi dipun manah panjang, belanipun sang putri wau ugi sampun kanthi tindak titi, têgêsipun sampun nyatakakên piyambak.

Sayêktosipun têtuladan kados makatên wau, botên anjaman tumrap wontên ing jaman sapunika, lan nama botên kacara. Nanging mênggahing sêtya, tumraping wanita nilar kakung punika inggih botên kirang, lan botên namung tumut pêjah kemawon ingkang nama sae, sanadyan kantuna gêsang pisan, inggih utami, malah utaminipun pisan, manawi ngajaling kakungipun anilari têtanggêlan, wajib angudi murih widadaning têtanggêlanipun wau, dados malah nyambêti kêdah gadhah pamanahan santosa.

Sajatosipun kasêtyan ingkang kados makatên punika cêtha manawi kasêtyaning jêjodhoan, dene tumraping pêpacangan punapa botên wontên kasêtyanipun, bab makatên punika botên prêlu dados pitakenan, tamtu wontênipun, lan nama limrah, sêtyaning pêpacangan punika nama rampung sasampunipun kasêmbadan sagêd pinanggih.

Mênggahing bôngsa Jawi, kasêtyaning wanita kalihan [kali...]

--- 1187 ---

[...han] kakung tumraping pêpacangan, pancèn botên kenging kangge pêpindhan, awit sadaya namung pinanggih wontên ing batos sami batos, jalaran kabêkta saking kasusilan, tuwin tuwuhing kasêtyan, limrahipun taksih mawi lantaran, inggih punika tiyang sêpuhipun, ingkang pikantukipun saya ngalusakên kasusilan. Dados sadaya namung kandhêg wontên ing batos. sadaya wau namung mirid saking ngadat tatacara kina.

Dangu-dangu lampahing kasêtyan tumraping pêpacangan, saya ngegla, têgêsipun sampun botên mawi lantaran, jalaran kabêkta saking lampahing jaman kêdah kados makatên, mila kêncênging kasêtyan sagêd sumingsêt kados têtali. Tumrap ingkang anglampahi lêncênging kasêtyanipun tanpa enggok, nanging wantuning pandamêl, inggih taksih asring wontên oncatipun.

Puguting kasêtyan punika tamtu kemawon mawi jalaran, nanging saupami kasêtyanipun wau pugutipun saking sabab tiwas salah satunggal, punapa inggih taksih anilar tabêting kasêtyan, punika angèl sangêt gagap-gagapanipun. Namung ing pangintên, tamtu wontên sêtyaning pêpacangan, sanadyan botên widada jalaran tiwas salah satunggal, nanging taksih anglêstantunakên kasêtyanipun ngantos dumugining kawêkasan.

Tumraping tanah Eropah, puguting kasêtyan ingkang kados makatên wau kathah ingkang dipun lêstantunakên, inggih punika anglajêngakên sêtya lajêng botên nêdya rabi utawi laki, lajêng alambaran ngambah margi kasucian, malah ugi wontên tumraping èstri lajêng tumindak kados Dèwi Satyawati.

Manawi dipun manah panjang, tindaking kasêtyan ingkang makatên wau inggih wontên lêrêsipun, inggih wontên lêpatipun. Lêrêsipun, dening utamining batos nama dipun antêpi yêktos, tiyang sanès namung sagêd ngawontênakên pangalêmbana. Dene awonipun, tumrap ingkang nyêtyawati, kêgolong kêrupakên pamanggih, nama angantêpi ingkang dèrèng kanthi tôndha yêkti. Awonipun kaping kalih tumrap ingkang nyucèkakên sarira, manawi ngantos wigar, punika lajêng pinanggih angosok-wangsul ucap.

Dene utamining utami, kados botên wontên ingkang ngungkuli ngêtut tumindaking budi sabar, awit sawarnining piduwung, punika pinanggihipun tuwuh saking koncatan sabar, kosok-wangsulipun sabar, manawi dipun êtut, sagêd nuntuni dhatêng sae.

Karangan punika namung salugu anggambarakên lêlampahan nyata, kasumanggakakên ingkang kaparêng anggalih.

Jugul.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral saha tamu agung Kangjêng Tuwan Gupêrnur ing Singgapura, lan para pangagêng militèr lan sanès-sanèsipun nalika mriksani paradhê agêng ing alun-alun Singa, Wèltêprèdhên.

--- 1188 ---

Bab Tanêman

Pare Wêlut

Bêbasan: bêtahipun tiyang èstri wontên ing pawon punika bôngsa rèmèh-rèmèh, nanging sajatosipun prêlu-prêlu, tandhanipun tiyang jalêr nêdha kanthi tolah-tolèh, amargi ing wêkdal punika kapinujon kaêpotan pakarêmanipun, upami janganan, sambêl, lalaban tuwin sapanunggilanipun, langkung-langkung tumrap tiyang sêpuh, manawi nêdha tanpa duduh-duduhan punika adhakan ngandika: ah sêgane diêlêg-êlêg mung tansah mandhêg ana ing gurung ... botên sanès amargi tanpa duduh.

Bokmanawi botên kula piyambak, kintên kula dalasan para juru lados sadaya (para putri) dhakan sakala trênyuh ing batosipun manawi mirêngakên pangandikaning priyantun sêpuh ingkang kados makatên wau. Ananging gèk kadospundi malih, jêr sakenjing ngupados jêjanganan botên manggih. Pramila supados botên ngantos kadadosan makatên, yèn nuju wontên sêlaning padamêlan, dhasar wontên papanipun, prayogi glotha-glathe nênanêm, wontên ing pakêbonan wingking griya utawi kiwa têngênipun, upami lombok, terong, pare, bayêm sêkul, waluh siyêm utawi sanès-sanèsipun, ngiras kangge pêthetan, dados samôngsa sampun awoh, môngka kapinujon awis jêjanganan kados yèn môngsa têrangan, têtanêmanipun wau kenging kangge tambêl bêtah, lowung. Tur nêbihakên raos têntrêming manah saupami mrêgoki kados ingkang kula aturakên ing nginggil wau.

Sapunika bab rekanipun nanêm pare wêlut ingkang badhe kula aturakên. Wiji pare wêlut sagêd mundhut dhatêng pêkên utawi wêwêling punapa ngupados dhatêng padhusunan, pananêmipun kagêjig, tanpa kaipuk, nuntên kasiram, yèn tuwuhipun sampun sakaki inggilipun nuntên kalanjarana, nginggil kadamêlna anjang-anjang, dados wohipun sagêd gumantung. Wiwit pêntil, pucukipun kabandhulana sela nyakêpêl, paedahipun sagêda lêncêng panjang. Dados botên pating prongkol utawi namung ngalêkêr. Janji pikantuk pasitèn ingkang loh pare wau gêsangipun sagêd subur, langkung-langkung manawi dipun lêmèni, yèn botên wontên jawah enjing sontên kasiramana. Yèn sitinipun katawis padhêt, enggal kadhangira, cêkap mawi cuthik kemawon, rumput-rumput ingkang sami ngrubung kasirnakna, insaallah, wohipun sagêd angrêmênakên, malah yèn kalêrêsan sagêd salêngên agêngipun, panjang satêngah dhêpa, warninipun ijêm, ing jawi mawi sêmburat pêthak kados wêdhak. Yèn pare wau agêng, wontêna 3 lonjor makatên kemawon sampun dados sakêlanan. Punapa malih manawi ragi kathah pananêmipun, sagêd ugi ngundhuh lumintu. Wontênipun ing pêkên, pare wêlut saêlêr trêkadhang botên pikantuk saêsèn ... cobi punapa botên nama lumayan [lu...]

--- 1189 ---

[...mayan] manawi nuju sêla ing damêl aglotha-glathe nênanêm makatên. Saking pamanggih kula piyambak kenging kawastanan nyumbang bêtah sawatawis, mila atur pamrayogi kula wau sukur-sukur wontên ingkang kaparêng nindakakên.

Mila kawastanan pare wêlut, awit wujuding wohipun andalondèng panjang kados wêlut. Mênggahing pangolah sakêparêngipun, dipun sêmur, punapadene kare, punika tansah mathuk kemawon, sanèsipun pare wêlut wontên panunggilanipun malih, inggih punika pare ayam, nanging raosipun pait, kirang munpangati mênggahing kêkêlanan.

Juru Dang (K. 1815).

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Sumbangan

Garèng: Ayo, Truk, katimbang thênguk-thênguk ngêntèni: nèk-nèke ana rôndha ayu tur sugih têka ngunggah-unggahi, rak luwih bêcik padha omong-omongan ing bab sing prêlu-prêlu lan sing migunani tumrape wong akèh. Mungguh sing arêp tak rêmbug sapisan kiyi ing bab sumbangan.

Petruk: Mungguh anane sumbangan, Kang Garèng, sanyatane jaman saiki karo biyèn kuwi kêna diarani beda bangêt. Nanging tumraping aku, anggêr jênêng sumbangan, caraa biyèn iya ora sênêng, cara saiki iya ora cocog.

Garèng: Wiyah, kowe mono pancèn iya wong angèl. Apa-apa karêpmu arêp kok cacad, arêp kok wada. Ewasamono aku mêksa kêpengin sumurup mungguh sabab-sababe, kang agawe ora sênênging atimu anane sumbangan cara jaman biyèn kuwi.

Petruk: Lo, kuwi mangkene. Anane sumbangan kuwi sabênêre ngono sok bisa agawe kapitunane loro-lorone, yaiku: sing duwe gawe, lan ya sing padha diulêmi. Jajal saiki tak gambare dhisik mungguhe wong sing duwe gawe. Tumrape wong sing arêp duwe gawe, ing sarèhning anjagakake sumbangan, sanadyan ora dêduwèn, iya banjur dilakoni nganak-anakake, apa iya utang, anggadhèkake barang darbèke lan sapêpadhane, bab kiyi ora prêlu tak caritakake dawa-dawa, sabên wong têmtune wis padha ngrêti laku-lakune. Cêkake ngudi bisane olèh waragad sing bisa kanggo gawe nganakake pista gêdhen-gêdhenan. Lo, sing mangkono kuwi apa ora jênêng kaliru. Iya nèk bisa olèh sumbangan sing nyukupi, nèk ora, rak iya bisa kalakon: rê ... muk têmên.

Garèng: Hla, kuwi nèk panêmune wong nom saiki, sing watake wis kacepretan karo bôngsa-bôngsa sing padha amangeran marang gusti phulus, mêsthi iya ora ngrêti anggone wong-wong Jawa ing jaman [ja...]

--- 1190 ---

[...man] biyèn yèn duwe gawe dilakoni nganak-anakake, diarani sabab anjagakake sumbangan. O, kaliru, mas, kaliru, wong Jawa jaman biyèn kuwi watake beda yèn karo watakmu sak sing blônja kowe pisan. Wong Jawa jaman biyèn kuwi kadunungan watak prawirasônta, ucap-ucapane: aluwung mati katimbang wirang. Mulane yèn duwe gawe iya disantosani têmênan, nganti dilakoni nganak-anakake, prêlune aja nganti ngisin-isini, awit yèn nganti cinacad, hla, kuwi wirange iya sak sêgara kidul ditambahi kali Sêrayu têmênan. Mulane ing jaman biyèn, ora ana wong bungah utawa gêdhe atine, kaya nèk dialêm anggone duwe gawe. Kaya ta upamane ana wong ngandhakake mêngkene: botên kaya sêg Dara Panji Krama Walmuka kagungan damêl ngramakake putrane putri Dara Ajêng Painêm nika, wèh, ramene êmpun-êmpun, nganti saniki kula botên tau mênangi malih. Lo, kuwi aja manèh sing duwe gawe dhewe oraa bungah, sanadyan mung akrabe bae mongkoge mêksa ya sakwali têmênan.

[Grafik]

Petruk: Lo, Kang Garèng, aku ora arêp maido kaanane jaman biyèn. Bisa uga yèn ing jaman biyèn kuwi, ambuwang dhuwit, ngobrol-obrol dhuwit, cêkake royal-royalan, nganti duwe bojo pating tlècècèk pisan, dianggêp: gagah, brêgas, pêng-pêngan, jêmpol, lan sapiturute, nanging rak kudu ngèlingi, yèn jaman biyèn kuwi beda bangêt karo jaman saiki. Jaman biyèn kuwi ing tanah Jawa: murah pangan, murah sandhang, murah sakabèhe, tur wonge iya isih sathithik, mulane wonge ya isih bisa sakrêsa-krêsanya. Seje karo saiki, wonge ing tanah Jawa kuwi wis kêbak, tur bandhane tanah Jawa wis: têrbang kêmanah-manah, dadi wong-wonge, nèk anggone uripe ora diati-ati, nanging dicara kaya jaman biyèn bae, mêsthi bisa kalakon dadi abdining kere têmênan. Wis, saiki tak banjurne sabab-sabab kang agawe kapitunane wong duwe gawe kuwi. Lumrahe wong kang lagi duwe gawe kuwi, sok ora ngèlingi marang kêbutuhane liyan. Saupama ana salah sawijining mitrane sing wis kênthêl, ora bisa têka jalaran sabab anggone ora bisa nyumbang, dianggêp wis ora sondèl wêwanuhan karo awake, atine banjur sêrik, wusanane anggone mêmitran kênthêl mau banjur dadi crah.

Garèng: Hêm, omongmu kiyi sajake kok mung ditêpakake nyang awake dhewe bae, dianggêp yèn sabên wong mêsthi cupêt budine kaya

--- 1191 ---

awake, tandhane lagi madhayoh nyang gonku kabarêngan priyayi pirang-pirang kae, rumasaku wong ya sadulur, dadi ya tak anggêp kayadene nyang omahe dhewe bae, mulane barêng mêtu suguhanaku wedang lan nyamikane, sing tak: môngga, môngga, ya mung tamu liya-liyane bae, Ki Petruk sanalika ya banjur mutung, moh ngombe wedange, lan moh mangan panganane.

Petruk: Para tamu sing pancèn wêruh yèn aku lan kowe sêdulur, ya ora duwe gagasan apa-apa, nanging sing ora wêruh, jalaran aku kok nêngake bae, ora kok aruh-aruhi babarpisan, têmtune rak padha andakwa, yèn aku kiyi tamu sing burine sok dipyur-pyuri nganggo uyah kae, cikbèn enggal lunga. Padhane rak kaya: bocah lanang lan wadon sing padha mlaku bêbarêngan kanthi gêgonjakan, sing padha ngrêti yèn kuwi kakang adhi, iya ora duwe gagasan apa-apa, nanging sing ora ngrêti têmtune rak ana bae sing anggagas: hla kae, nèk bocah nonoman jaman saiki, wong yah mene kok lagi ... pring padha pring.

Garèng: Wayah, kok ana-ana bae sing kok omongake. Wis, apa bae manèh, sing bisa agawe kapitunane wong duwe gawe ing jaman kuna.

Petruk: Wong duwe gawe sing disumbang kuwi rumasa kayadene wong utang, awit samôngsa-môngsa sing nyumbang gênti duwe gawe dhewe, saolèh-olèh iya kudu nyumbang sasumbange dhèk biyèn.

Garèng: Iki ora prêlu tak wangsuli, awit nèk panêmuku pancèn iya wis adil bangêt. Saiki caritakna dhisik, kang agawe kapitunane wong-wong sing nyumbang.

Petruk: Wah, iki akèh bangêt, nanging liya dina bae tak caritani sing nganti dawa, saiki padha dilèrèni samene dhisik.

[Grafik]

Gambar nginggil punika kandhang oto ingkang agêng piyambak ing kitha Den Haag, nagari Walandi. Kandhang wau ingkang kadamêl bêton, saha sagêd dipun êmoti oto 400 iji.

--- 1192 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah

Sêmbrana ing wajib

Pangadilan ing Tanjungpasir, Sumatra, mêntas andhawahakên paukuman kunjara dhatêng sawênèhing juru sêrat ing kabudidayan Aek Paminke, laminipun kawan wulan, kalêpatan ambage jampi strychnine dhatêng kuli-kuli ingkang sami sakit, kakintên aspirin. Jalaran saking lêpating tindak wau, adamêl tiwasing tiyang pitu. Upas kantor ingkang kapurih ambage ugi sampun sumêrêp, bilih ing gêbyas wadhah jampi wau wontên gambaripun cumplung tiyang, nanging kakintên gambaripun tiyang ingkang damêl jampi.

Bab punika dadosa pêpèngêt, bilih jampi ingkang wadhahipun mawi ciri gambar cumplung tiyang, ambêbayani tumrap dipun ombe utawi dipun têdha.

Bupati Pasuruan kèndêl.

Kawartosakên, ingkang bupati ing Pasuruan, Radèn Mas Panji Partasugônda, bupati Pasuruan, kakèndêlakên kanthi urmat, jalaran gêrah.

Adamêl tiwas.

Ing griya sakit, Pamatangsiantar wontên tiyang sakit ewah dipun rimat, kadèkèk ing kamar, wusana kasupèn botên dipun tuwèni, sarêng kasumêrêpan tiyang wau sampun pêjah saha sampun sètên. Ingkang wajib lajêng nindakakên papriksan.

Tuwan Dhatuk Putih sampun wangsul.

Rumiyin sampun nate kawartosakên, bilih Tuwan Dhatuk Putih ingkang nuju wontên ing Mêkah dipun tahan ing Raja Hedzjas, saha kawangsulakên, botên kenging malêbêt ing jajahan Mêkah. Ing sapunika sampun wangsul dhatêng Indhonesiah.

Para warga rad kawula darmawisata.

Kala dintên Sabtu tanggal 6 wulan punika, pangarsa kawula kanthi warga 17, bidhal saking Batawi dhatêng Surabaya nitih sêpur kilat. Enjingipun bidhal saking Surabaya dhatêng Bulèlèng, nitih kapal Valentijn. Dumugining Bali dipun papag tuwan residhèn tuwin para amtênar. Nagari ingkang dipun jujug, Dhènpasar, Karangasêm, Gianyar tuwin Kintamani. Ing dintên Rêbo wangsul dhatêng Surabaya nitih kapal Barentsz. Tindakipun para warga wau amêngku lampah wigatos, ing bab kawontênan ing Bali.

Konggrès Indonesia Moeda.

Wontên pawartos, konggrès Indonesia-Moeda ing taun punika badhe kawontênakên ing Surakarta, wiwit tanggal 28 Dhesèmbêr dumugi tanggal 2 Januari 1931.

Bang kopêrasi.

Saking ada-adanipun Tuwan S. Ramuwisit, tuwin golongan dagang sanèsipun ing Batawi, badhe ngêdêgakên Cooperatieve Handelscredietbank Indonesia. Ing sapunika sawêg nindakakên rancanganipun.

Kêkirangan Panggenan

Jalaran wontênipun murid ing Volksavondcursus ing Mèstêr Kornèlis saya kathah, ing sapunika sampun wontên 70, lajêng badhe pados papan ingkang nyêkapi, sapunika taksih manggèn wontên ing sêkolahan Muhamadiyah.

Têtiyang ukuman 135 luwar.

Nglêrêsi dhawahing dintên wiyosan dalêm Kangjêng Sri Bagendha Maharaja Putri, tanggal 31 Agustus 1930, amaringi pangapuntên têtiyang ukuman ing pakunjaran Cipinang ingkang dèrèng pundhat paukumanipun, cacah 135 sadaya sami dipun luwari.

Wandenipun kopi para sêtudhèn.

Gêmintê ing Batawi sampun asuka palilah dhatêng Bataviasche Studenten-corps abikak panggenan ingkang dipun wastani Studenten-Koffiehuis, manggèn wontên ing Kramat 49.

Parêpatan propagandhah B.O.

Kawartosakên ing Rêmbang badhe wontên parêpatan propagandhah, prêlu badhe ngêdêgakên pang B.O. Ingkang nindakakên Tuwan Slamêt saking B.O. Sêmarang. Parêpatan wau badhe kadamêl umum. Tanggalipun dèrèng katêtêpakên.

Pangirit.

Miturut pawartos S.S. sawêg animbang ing bab suwakdingsuwaking. papan panggenan lokomotip ing Panaraga, badhe kadadosakên satunggal kalihan Madiun. Bab makatên punika atêgês tindak pangiritan.

Kabêsmèn agêng.

Kawartosakên, ing tanggal 10 wulan punika ing pêkên Ponteanak wontên kabêsmèn agêng, cacah têlas 300 wuwung, kapitunan[...]Naskah rusak. yah. Tumrap toko-toko wontên ingkang katanggêlakên asuransi.

Kolonisasi ing Nieuw-Guinea.

Kala parêpatan Vereeniging Kolonitatie Nieuw-Guinea ing Sêmarang, ingkang dipun pangarsani Tuwan D. Wevers, mratelakakên, prêlu sangêt kawontênakên tanêman ingkang maligi namung saking [sa...]

--- 1193 ---

[...king] pambudidayanipun bôngsa Walandi thok, sampun ngantos kawoworan tiyang siti utawi bôngsa sanès. Manawi sagêd kalampahan makatên badhe sagêd nyingkirakên jor-joran, saha lajêng ngipuk mratelakakên nyambut damêl sêsarêngan kalihan tiyang siti punika botên gêmi.

Arta ing Bali.

Ing bab tumindaking damêl nyirnakakên arta gobog ing tanah Bali, katindakakên kêncêng. Ing wulan kapêngkêr sampun sagêd ngangkatakên dhatêng Surabaya 120.000 kilogram.

Asiah.

Pêpêrangan ing Naning.

Hongkong 8 Sèptèmbêr (Aneta-Nipa). Kawartosakên, ing sapunika kitha ingkang dipun dunungi têtiyang ambalela golongan Kwangsi ing Naning dipun kêpang, wontên tiyang 200 sirna jalaran dipun dhawahi bom saking mêsin mabur Kanton. Wontênipun makatên, amargi golongan Kwangsi botên purun têluk, taksih kêncêng ngêkahi kitha, lumuh manawi anggêlênga kalihan wadya Punan tuwin Kuwantung. Jalaran saking ing kitha kêkirangan têdha, pangagêng ingkang dados têtindhih angêkahi kitha, akèn dhatêng têtiyang mardika, sasêlaning pêrang supados sami ngili, saha kalampahan sampun wontên ingkang mêdal saking kitha cacah tiyang 40.000. bôngsa ngamônca ugi sami sumingkir.

Kaluwaran amargi kirang saras.

Allahabad 8 Sèptèmbêr (Aneta-Nipa). Pandit Moti Lal Nehru kaluwaran saking pakunjaran, amargi kirang kasarasanipun.

Amerikah

Lesus.

Havana 4 Sèptèmbêr (Aneta-Nipa). Wontên pawartos saking Cuba, wontên lesus ingkang rikating lampahipun ing dalêm saêjam 160 mil, adamêl karisakanipun kitha Santo Domingo.

Prahara anggêgirisi.

Washington 6 Sèptèmbêr (Aneta-Nipa). Pakaryan kasarasan bôngsa Amerikah anglapurakên, kangsaran [...] jalaran lindhu Santo Domingo tiyang ingkang tiwas wontên 2500, têtiyang ingkang sami botên gadhah panggenan 29.000. griya-griya ingkang sirna mèh 5000.

New York 5 Sèptèmbêr (Aneta-Nipa). Wontên pawartos saking San Yuan, bilih gupêrnur ing Portorico, ingkang anggêgana wontên sanginggiling papan kasangsaran, mratelakakên, tiyang ingkang tiwas 800. Sanèsipun dèrèng kasumêrêpan malih.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 3929 ing Tabanan, f 4.50 sampun katampi. Sadhèrèk: Hasan, kalêbêt lêngganan P.P. No. 3567.

Mru. Kartasêntana ing Purwarêja. Kajawèn nomêr 60, 61, sampun sami têlas.

Wangsulan saking Redhaksi

Tuwan H.M. Suyuti, ing Surakarta. Buku ingkang panjênêngan dangokakên, ing Bale Pustaka botên wontên, dene bab katêrangan pêpetanganing pal-palan tumrap oto, punika sampun gampil sumêrêpipun, sapisan sagêd ningali saking papan ing margi-margi, kaping kalih sagêd angsal saking panyadean bènsin Shel samôngsa nuju ngêdalakên, kaping tiganipun pakêmpalan J.M.C. ugi ngêdalakên, nanging namung kakintunakên dhatêng para warganipun.

Tuwan S ing Wlingi. Bab pandamêling sabun, kados panjênêngan cêkap mundhut buku wêdalan Bale Pustaka. Serie No. 204 Serba djenis peroesahaan di Europa, rêgi f 0.40. dene bab kopêrasi mariksanana rêmbagipun Petruk kalihan Garèng, ing Kajawèn nomêr 46/47 ngantos satamatipun.

Lêngganan nomêr 3527 ing Kriyan, bab gambar-gambar inggih kêrêp ngêwrat. Bab Sêrat Ramayana, punika namung nêdahakên luguning cariyos ing Indhu ingkang dipun cathêt ing bôngsa Inggris, tumraping ahli sêrat-sêrat, sagêd ngraosakên dhatêng kajêngipun. Dene tumrap karangan ingkang botên panjênêngan mathuki, punika prêlu kangge nyadhiyani para maos ingkang ambêtahakên, awit ingkang lêngganan Kajawèn punika kathah, pamanggihipun warni-warni. Mugi kauningana.

Badhe wêdaling waosan lare ing Kajawèn, tamtu adamêl bingahing lare.

Mila murih botên kacuwan:

Sintên ingkang dèrèng lêngganan Kajawèn kaparênga lêngganan.

Dene ingkang sampun lêngganan: kaparênga ambayar rêgining Kajawèn kuwartal ingkang kaping 4.

Ambêbingah lare, ugi nama wajibing tiyang sêpuh tur namung f 1.50 rampung.

--- 1194 ---

Wêwaosan

Sêrat Ramayana

13.

[Dhandhanggula]

Sang Laksmana kang anggung anjagi / mring sang ayu tan kêndhat amulat / tumuli têtulung age / têmah sêdyaning diyu / tan sambada malah kajodhi / nulya risang Laksmana / tumindak apurun / ngatrapkên kang pamisesa / kang rasêksi pinêrung karnanya kalih / lan pinagas kang grana //

mung mangkana dènira matrapi / datan nêdya ditya sinirnakna / têmah yaksi oncat age / dene sajatinipun / kang rasêksi kadang narpati / narendra agung Langka / Rawana jêjuluk / wantuning kadang narendra / kang rasêksi dahat dènnya merang galih / dènira winisesa //

krodhanira dahat angajrihi / lir kèbêkan swara jroning wana / dene ing mangkya sêdyane / karsa tindak ngêngirup / awit nyata mênggah sang dèwi / darbe kadang raksasa / kang samya dêdunung / madyaning wana Dhandhaka / mangkya arsa pinèt sraya mrih malêsi / kang darbe tindak siya //

pra raksasa dupi dèn waduli / samya krodha labêt amurina / dene cinamah kadange / nulya bidhal gumrudug / arsa nêmpuh mring sang winani / sarwi nyuwara sora / nyabawa gumludhug / mawèh was-wasing kang myarsa / tan antara lampahira pan wus prapti / doning satriya Rama //

sanalika samya yitnèng wèsthi / risang Rama ngrasuk kang busana / asangkêp sagêgamane / cahyanira sumunu / datan pae raras prajurit / nulya umagut ing prang / ngêmbuli kang mungsuh / satêmah kang mungsuh sirna / tanpa tabêt prawiraning ditya sami / tan dadya sabanyonan //

sasirêping rêrêtu ing mangkin / risang Rama pasang kaprayitnan / Sang Sita dèn singkirake / mrih dinohan rêridhu / anèng guwa dahat awêrit / Laksmana kang pinatah / rumêksa sang ayu / Laksmana dènira ngrêksa / datan têbih anggung prayitna ing mangkin / mrih dinohan bêbaya //

kang rasêksi cinarita mangkin / dahat krodha ngayuh jumantara / wangsul marang ing prajane / sowan marang sang prabu / nata yaksa ing Langka puri / lampahira agita / riwusira tundhuk / kang yaksi matur ring raka / saliring rèh kang wus tinêmah ing mangkin / sarwi lara karuna //

mangkya matur mring sri narapati / kaparênga amalêskên wirang / kang dahat wèh sangsayane / miwah umatur linut / ing pangarah murih nênangi / galihira Rawana / akobara murub / tanapi linut wêwarah / mrih nênangi marang sêngsêming panggalih / kelut ing aturira //

dhuh pukulun amba atur warti / Rama yêkti kêkasihing dewa / tan wontên nyami bobote / datan kêni ing lampus / lan paduka kalamun wani / andhustha garwa Rama / yêkti sirna luluh / awit tan wontên kang madha / ing prawira kalamun paduka tandhing / Rama datan kasoran //

nanging lamun paduka ngèngêti / suwarnaning garwanira Rama / Dèwi Sita pêparabe / pantês lamun tinêmpuh / awit tuhu punjul ing bumi / widadari suwarga / kasoran ing wujud / warnanira Dèwi Sita / kang sarira lurus warata aramping / tindak mucang kanginan //

kang pamulu ngancana sinangling / netranira ambalut katara / tajêm tan mawi ginawe / rikma cêmêng angalun / candranira sarwa mêpêki / tan kêni winancenan / sadaya mung punjul / rasêksi kaduk ing kôndha / tanpa wangwang mung angalêmbana bêcik / mring garwanya Sang Rama //

ing satêmah kang daya ngênani / mring sri nata sakala karasa / wêkasan adrêng karsane / tanpa amawang kewuh / lir kataman ing guna dhêsthi / aturing ari nata / kang mawèh panuju / tumuli arsa budhalan / tumêmpuh mring Dhandhaka andhustha putri / lan nyirnakkên Sang Rama //

Sang Rawana lan ari tumuli / nitih rata angambah gêgana / kumilat lêpas lampahe / narajang mêndhung-mêndhung / têmah piyak jaladha nisih / dupi wusing antara / ing lampah tumurun / anjog samadyaning wana / anjujug ing dhangkanira wil piniji / wismèng wana Dhandhaka //

dene yaksa kang arsa piniji / mèngêt lamun anèng bawah Langka / mila duk nata praptane / dahat amarikêlu / awit uning kang rawuh gusti / mênggahing nyatanira / yaksa kang winuwus / wus nate atandhing yuda / lan Sang Rama nanging kasoran ing jurit / datan pisan tumimbang //

marma mangkya dahat dènnya ajrih / miwah dupi wruh gatining nata / sakalangkung pamambênge / ywa pisan kamipurun / lumawan mring Rama sinakti / singa arsa lumawan / tan sande mung nungkul / têmah mung ambarang wirang / tan pakolih wêkasan ngasorkên gusti / ingkang binatharèng rat //

angandika nata sêmu runtik / ingsun datan arsa mangun yuda / mung arsa andhustha mangke / marang garwane iku / mangkya ditya sira sun piji / nglabuhi lakuningwang / andhustha sang ayu / dupi raksasa miyarsa / datan pisan anduwa parênging gusti / amung matur sandika //

mung ing cipta tan pisan nêrusi / anggung krasa kasamaraning tyas / lawan kajibah ing mangke / dening piniji ratu / atanapi uning ing gati / yèku dununging rama / kang sinamar samun / ing mangkya nulya budhalan / wusing cakêt nata nulya andhawuhi / mring ditya kang ingagnya //

mêmindhaa manjangan mas adi / kang acêplok sakala sumêla / ngidêrana sakubênge / wismane rama ibu / mring Sang Sita ing mangkya uning / yaksa tumandang sigra / nulya malih wujud / kadi sajatining sangsam / angujwala yayah kancana katliring / sunaring diwangkara //

kacarita sangsam kang ngidêri / ing sakala koningan Sang Sita / dahat karênan galihe / tanpa kêdhèp andulu / punang sangsam saya katitik / kaduk cumbu katara / lir kêni dèn lus-lus / nanging mênggah jatinira / kêsitira tan pae kêclaping thathit / tan kêni pinêrakan // (Badhe kasambêtan)

Ôngka 75, 22 Rabingulakir Taun Jimawal 1861, 17 Sèptèmbêr 1930, Taun V

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1195] ---

Ôngka 75, 22 Rabingulakir Taun Jimawal 1861, 17 Sèptèmbêr 1930, Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Lèpèn Sadhang, Makasar

[Grafik]

Ing nginggil punika sawanganipun lèpèn Sadhang, ingkang cakêt parêdèn.

--- 1196 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja Ind. Arts. Ing Kudus

(Sambêtipun Kajawèn Nomêr 73)

Tiyang ingkang kalêbêtan baksil Botulismus§ ing kathah saking susis (worst) mila sêsakit Botulismus manawi dipun cara Walandèkakên: worstvergiftiging. dadak lajêng sakit sirah mumêt badan lêsah urat-urat daging (spier) lêmês ambêkan cêkak mênggèh-mênggèh lajêng tiwas.

Baktèri-baktèri ingkang anjalari dados wisa sêsakit-sêsakit wau (kajawi Botulismus) namanipun baktèri paratyphus B wontên warni kalih paratyphus A lan paratyphus B.

Ingkang kathah paratyphus B punika ingkang asring dados wisaning sêsakit wau.

Sadaya baktèri-baktèri ingkang kasêbut ing nginggil kaetang sami watak-watakipun kalihan baksil typhus, mila paratyphus A lan B punika sagêd nukulakên sêsakit typhus lêrês.

MilvuurMiltvuur. punika sêsakit kewan, baksilipun kiyat sangêt dhatêng hawa bêntèr lan sapanunggilanipun. Tiyang ingkang katularan baksil miltvuur lajêng andadak sakit ingkang ambêbayani, adat dados tiwasipun. Botên namung dagingipun kewan ingkang sakit, miltvuur punika ingkang sagêd anulari, dalasan wacucalipun ingkang sampun garing, tumrapipun tiyang ingkang sampun gêpokan utawi anggarap wacucal wau sagêd katularan, mila sêsakit miltvuur punika saèstu ambayani sangêt.§ Dalah sikat untu ingkang asli bobot kewan ingkang sakit Miltvuur manawi pandamêlipn kirang ngatos-atos, taksih sagêd andhatêngakên bêbaya nulari. Red.

Sampun samantên cêkap ingkang prêlu kapratelakakên bab sêsakit ingkang sagêd thukul, jalaran tiyang nêdha têtêdhan ingkang wontên wisanipun, lan botên kapriksa dening tiyang ahli.

Bab têtêdhan-têtêdhan utawi sanèsipun ingkang katêdha tiyang saras sagêd anjalari nularakên sêsakit dysentrie typhus lan cholera punika sampun kula têrangakên ing bab sêsakit-sêsakit wau.

Dados sampun cêtha sangêt têtêdhan-têtêdhan ingkang sabên dintên katêdha dening tiyang punika prêlu kapriksa dening ingkang ahli.

Dene ing kitha alit ing dhusun-dhusun bab têtêdhan daging utawi sanèsipun botên kapriksa, punika inggih kirang prayogi, ananging nagari pancèn dèrèng sagêd nyêkapi ngawontênakên priyantun ingkang sagêd mriksa bab têtêdhan wau. Ing kitha agêng ingkang wontên dhoktêripun kewan utawi kirmèstir inggih sagêd kalampahan, dene manawi ing kitha ingkang dèrèng wontên dhoktêripun kewan, asring dhoktêr tiyang ingkang kawajibakên mriksa ulam daging sapanunggilanipun.

Ing panggenan ingkang botên wontên dhoktêripun kewan utawi dhoktêr tiyang, kêpala dhistrik utawi [u...]

--- 1197 ---

[...tawi] ondêr dhistrik, sêsagêd-sagêd kêdah anjagi bab punika. Mila priyantun B. B. inggih kêdah mangrêtos sawatawis bab sêsakit kewan lan sapanunggilanipun wau.

Papriksan kewan ingkang taksih gêsang badhe kapragat.

Kewan ingkang badhe kapragat punika kêdah saras. Kewan ingkang saras punika katawisipun sêgêr, badan, otot, urat tuwin dagingipun katingal kêngkêng kiyat, kulit alus, klimis lan êmpuk dipun grayang, raosipun ing tangan, wulunipun kados dipun lisahi, mripat kewan ingkang saras bêning botên ambalobok mêdal êluh utawi nanahipun, irung botên mêdal umbêl utawi nanahipun, bolongan irung abrit, pinggiripun têlês, ilat botên mèlèt. Kewan ingkang saras ebah lan lumampah sakeca, trêngginas, ambêkan gampil, ajêg, botên mênggèh-mênggèh, ambêbucal limrah katingal sae. Kosok-wangsul kewan ingkang sakit, katingal kêra, ringkih botên sêgêr, kulit pêrêt, garing kasar botên klimis, asring ing mripat ngêdalakên nanah, ilat mèlèt katawis garing rêgêd. Saking irung cangkêm mêdal umbêl utawi nanah, kewan wau manawi obah utawi lumampah kêndho, kêsèd, aras-arasên, ambêgan botên ajêg.

Bab Pangolahipun Ampas Kecap

Kecap punika ingkang kadamêl kadhêle cêmêng kagodhog kapêndhêt pathinipun, dene ampasipun kawastanan: taoco.

Taoco punika warninipun jêne kadosdene gêndhis Jawi (gêndhis kalapa) ingkang lènèng, raosipun kêcut tuntung asin, dados upami kadhahar wantahan kemawon tamtu botên eca, wondene kengingipun kadhahar kêdah dipun olah rumiyin, mathukipun dipun sambêl gorèng:

Amundhuta ampas kecap (taoco) kintên-kintên sacangkir bathokan, lombok abrit gangsal welas iji, lombok wau dipun icali isinipun, lajêng kula aturi mundhut kalapa kintên-kintên sêpalih, kalapa wau sêsampunipun kaparut lajêng kasantênan ingkang kênthêl, ngracik bumbu sambêl gorèng kados ta: brambang, bawang, salam, laos, sarêm, trasi, kunci, jêram purut, sêre, saha gêndhis kalapa, sadaya wau kakintên-kintêna piyambak kathah kêdhikipun. Bumbu wau lajêng kagongsaa ing wajan ingkang ngantos alum, manawi sampun alum ampas kecap ingkang sampun cumawis kula aturi ngêsok ing wajan, saantawis santên lajêng kaêsoka, ngantos sakmatêngipun, wondene manawi sampun tanak kaêntasa lajêng kawadhahana ing basi, utawi wadhah sanèsipun sumôngga krêsa.

Sambêl gorèng taoco punika kagêm lawuh dhahar sagêd babar, raosipun eca.

Sêsêrêpan kula namung samantên, wasana nyumanggakakên ingkang kaparêng nyobi.

Sutata.

--- 1198 ---

Pawartos Nagari Mônca

Sangsaraning Donya, Inggih Sangsaraning Tiyangipun.

Irah-irahaning karangan ing nginggil atêgês kasangsaran ingkang pinanggih ing donya, nanging kajêngipun kasangsaran botên tuwuh saking pandamêling tiyang, dados beda kalihan kasangsaran ingkang jalaran kabêsmèn, pêpêrangan tuwin sanès-sanèsipun, sadaya mênggahing gampilanipun dipun wastani gêgayutan saking pandamêling tiyang, lan sarèhning tuwuhipun wau saking pandamêling tiyang, panyirêpipun ugi kenging dipun tindakakên ing tiyang.

[Grafik]

Têtiyang ing Itali, ingkang kasarsaran kecalan bale griya.

Beda kados ingkang dipun wastani kasangsaran donya, punika manawi tuwuh, namung adamêl judhêging manah saha lajêng damêl kasusahan, tur tiyang botên sagêd adamêl pêpalang punapa-punapa, wontênipun namung sagêd damêl panglipur dhatêng têtiyang Iajêng sami nêmahi sangsara. Dene kasangsaran ingkang kados makatên punika awujud rêdi anjêblos, bêna agêng, lindhu agêng, lesus tuwin sanès-sanèsipun, dipun wastani saking lampahing kodrad, dene tumrap têmbungipun pangarêm-arêm, dipun wastani saking karsaning Pangeran.

--- 1199 ---

Kajawèn sampun nate ngêwrat wawasan ing bab tuwuhing paprangan ingkang pinanggih ing pundi-pundi, ing ngriku dipun wastani tuwuhipun kados ajak-ajakan, saya malih ing bab griya kabêsmèn tuwin tiyang nyalingkuhakên arta, punika ing kalamangsanipun tuwuh, pinanggihipun kados mangsaning tiyang panèn, ing pundi-pundi lajêng wontên. Lêlampahan kados makatên wau manawi dipun raosakên sabrebetan inggih adamêl gumun, nanging manawi dipun manah panjang, tiyang inggih lajêng sagêd anggagapi dhatêng jêjêring kajêngipun, sanadyan botêna mencok, nanging raosipun wontên. Nanging tumrap kasangsaran Iajêng tuwuh saking karsaning Pangeran wau, wontênipun namung ngandhêgakên pamikir, saking tiyang botên andungkap.

Kados ta bab wontêning lindhu ing Itali, punika mênggah gênging kasangsaranipun kados punapa, nagari ingkang katênggêl sami risak, tiyangipun kathah ingkang tiwas, tiyang ingkang gêsang sami kasangsara, dening kecalan sanak kadang, bôndha, griya tuwin sanès-sanèsipun. Icaling sanak kadang tansah nênangi dhatêng kasusahaning manah, dening ngèngêti pêpisahan kalihan tiyang ingkang dipun kulinani, dipun trêsnani, tur pisahipun dadakan, mila tabêtipun tansah katingal gawang-gawangan kemawon. Bab icaling bôndha, inggih andadosakên ngêrêsing manah, dening ngèngêti anggèning kêklêmpak bôndha pêpindhanipun kados nutuli bun, wusana lajêng ical sakrêpyakan kemawon, sintên tiyangipun ingkang botên tansah katingalên. Bab icaling griya, atêgês tiyang kecalan panggenan, môngka griya punika sajatosipun inggih dados kandhanging katêntrêman.

Inggih sampun malih tumrap tiyang ingkang nglampahi botêna ajur rontang-ranting raosing manahipun, sawêg tiyang sanès kemawon, manawi nyumêrêpi gumêlaring lêlampahan ingkang pinanggih ing papan kasangsaran wau, ugi tumut karaos ing manah. Kados ta kasangsaran ing Itali wau, inggih punika kala bêbaya dhumawah ing kitha Ariano, pabrik-pabrik, greja agêng kêkalih tuwin griya kathah sami ambruk. Ing ngriku kathah pêpêjah ingkang kurugan ambrukaning griya. Tumraping pêpêjah ingkang pinanggih ing ngriku tamtu adamêl ngêrêsing manah, ewadene taksih wontên ingkang sakalangkung ngêrês-êrêsi, inggih punika sarêng wontên tiyang têtulung manggih wangkening tiyang nini-nini, angrangkul mayiting putunipun kêkalih. Kawontênan ingkang kados makatên punika manawi dipun gambar wontên ing pangintên, lajêng isi lêlampahan ingkang kêbak katrêsnaning nini lan putu, pangemanipun ngantos dipun bêkta dumugi ing pêjah. Wontên malih bapa sêsarêngan pêjah kalihan anakipun gangsal taksih alit-alit. Kawontênanipun wau inggih lajêng katingal dados gêgambaraning rêkaosipun tiyang sêpuh anggening ngudi panggêsangan kangge têdhaning anakipun, salêbêting rêkaos tanpa pêdhot tansah sinambêtan ing katrêsnan.

Manawi angèngêti lêlampahan ingkang kados makatên punika, bêbaya punika botên ngêmungakên dhumawah ing tiyang kemawon, sanadyan nagari ugi kataman, lan ugi mawi kalamôngsa sêsarêngan, kados kawontênan ing Itali wau, botên dangu inggih lajêng bêbaya sanèsipun malih ingkang tuwuh ing sanès nagari, kados ta ing Tiongkok [Ti...]

--- 1200 ---

[...ongkok] bêna agêng, ugi lindhu, ing Amerikah prahara, ing Prancis ugi prahara, tuwin sanès-sanèsipun malih ugi taksih wontên.

Bab karisakaning praja punika ugi atêgês karisakaning tiyangipun, mila tumraping tiyang ingkang botên sangsara, ugi wajib têtulung, awit tindak kados makatên punika sampun nama wajibing agêsang. Amangsuli kasangsaran ing Itali wau, tumraping tiyang ingkang kablabagan, wajib tuwin kêpêksa kêdah sami tumandang ing damêl, saya malih tumrap tiyang ingkang wajib, nama kêjibah botên kenging anyelaki, kêdah tumindak ing damêl, tanpa ngèngêti rêkaos tuwin mawang bêbaya, mila tumindaking damêl tiyang ingkang nama kuwajiban wau, kenging dipun wastani tumandanging tiyang jiluh, têgêsipun baunipun tiyang satunggal, sagêd anandhingi baunipun tiyang sadasa.

Ing sapunika gêntos ngraosakên raosing manahipun tiyang sanès, inggih sanadyan botên gêgayutana punapa-punapa, manawi mirêng wartos ing bab kasangsaran punika, tamtu tumut kêraos, satêmah tuwuhing raosipun wau sagêd anênangi nêdya têtulung. Nanging sajatosipun raosing manah [ma...]

--- 1201 ---

[...nah] punika botên tilar raosing kabangsan, tamtunipun tumraping bôngsa Jawi raosing manah karaos nalika mirêngakên kasangsaran ing Likasan, tinimbang ing Itali, makatên ugi mênggahing kosokwangsulipun. Mênggahing pangintên kados inggih badhe wontên, samantên wau manawi sagêd ngicali sabab ingkang anjalari bedaning raosipun.

Pawartos Wigatos

Panacah Jiwa (Volkstelling) Gagrag Enggal ing Jêpan

Sanadyan ing praja Jêpan punika sampun wiwit kala ing taun 1868 nama majêng sawarnining kabêtahan umum, nanging ing bab tumindaking damêl ingkang gêgayutan kalihan bab nacahakên jiwa, ngantos dumugining taun 1920 dèrèng dipun tindakakên. Môngka ing taun 1930 sampun kadhawuhakên, bilih panacah jiwa gagrag enggal badhe katindakakên salaladan karajan Jêpan. Nanging dèrèng katêtêpakên mangsanipun tuwin caranipun kadospundi.

Wusana jalaran saking kamajênganing rakyat, bab panacah jiwa wau lajêng katindakakên tumuntên, kanthi kawruh nyêkapi. Saha sarêng ing taun 1917 kadhawuhakên dening parentah, bilih panacah jiwa katêtêpakên wontên ing tanggal 1 Oktobêr 1920.

Sayêktosipun tumrapipun ing tanah Jêpan wontênipun panacah jiwa gagrag enggal inggih sawêg ing taun 1920 wau. Dene pikantukipun migunani sangêt.

Mênggah tumindaking panacah jiwa wau sarwa ngatos-atos, dipun pangagêngi dening dhirèktur ahli statistiek, tuwin sabên propènsi dipun wontênakên kantor apdhèling, ingkang dipun pangagêngi dening gupêrnuring propènsi wau.

Ingkang dados sarana nênangi dhatêng manahing rakyat murih mangrêtos dhatêng pigunaning panacah jiwa, ing saindênging karajan Jêpan dipun wontênakên reklame, sêrat-sêrat sêbaran, sêsorah, lêlagon, gambar idhup. Dene cacahing sêtat cacah jiwa, pangêcapipun ngantos 12.000.000 lêmbar. Cacahing pitakenan wontên 8 warni. Sêtat wau dipun isèni dening kapala somah, ingkang sampun dipun sukakakên ing sadèrèngipun dening juru ngetang, sêsampunipun dumugi wancinipun, sami dipun têdhani. Dados pangetangipun wau namung Momenttelling kemawon, babar pisan botên nindakakên Perodetelling.

Nanging sarèhning rakyat sami mangrêtos dhatêng kajênging Volkstelling, mila dhawahing dintên ingkang katamtokakên, têtiyangipun inggih sami têtêp wontên ing griya. Makatên ugi sawarnining pakumidhèn, pajajanan tuwin sanès-sanèsipun, ugi sami katutup.

Sêtat wau sasampunipun dipun kalêmpakakên dening juru petang lajêng dipun pasrahakên dhatêng pangagêng ingkang gêgayutan kalihan pêpetangan wêwêngkonipun. Pangagêng wau lajêng ngintunakên dhatêng kantor apdhèling ingkang ambawahakên, wusana lajêng kakintunakên [kakintu...]

--- 1202 ---

[...nakên] dening gupêrnur dhatêng kantor agêng. Pangetangipun wontên malêming tanggal 1 Oktobêr 1920 dumugining tanggal 12 Dhesèmbêr 1920 sampun sagêd anêrangakên, bilih tanggal 1 Oktobêr 1920 cacahipun rakyat Jêpan wontên 55.963 053, kalêbêt bôngsa sanès.

[Grafik]

Nginggil punika gambaripun kadhaton nata ing Jêpan.

Ing taun 1930 sadèrèngipun tanggal 1 Oktobêr ngajêng punika, ing Jêpan badhe nindakakên panacah jiwa umum malih, caranipun kados ingkang tumindak ing taun 1920 nanging isinipun pitakenan dipun indhaki dados 12 warni. Tumindaking pangetang wau, punapa angsal-angsalanipun lajêng badhe kalimrahakên tumuntên wontên ing wulan Dhesèmbêr.

Para maos kados sampun botên kêkilapan, kenging dipun wastani nyarêngi kala mangsanipun, botên ing karajan Jêpan kemawon ingkang nindakakên panacah jiwa, sanadyan ing Indhia ngriki ugi nindakakên makatên.

Lan gêgayutanipun kalihan kawigatosaning kabêtahan umum, pitaken-pitakenanipun kapacak ing sêtat, cacahing pitakenan karingkês dados 17 warni, kados ta:

(1) nama, (2) jalêr utawi èstri, (3) dados kapala somah, (4) gadhah bojo punapa botên, (5) kathahing rabi ingkang gêsang, (6) umur, (7) padamêlan ingkang baku, (8) padamêlan sanèsipun, ingkang katingal, (9) sagêd nyêrat basa punapa, (10) sagêd nyêrat basa Walandi, (11) pintên taun anggènipun sinau ing pamulangan ingkang mawi basa tiyang siti, utawi punapa tamat saking pamulangan wau, (12) pintên taun anggènipun sinau basa Walandi, utawi punapa tamat saking pamulangan wau, (13) bôngsa punapa, (14) gêgriya ing dhistrik pundi, (15) kalairan dhistrik pundi, (16) budhêg utawi bisu, tuwin (17) agami (namung tumrap bôngsa Batak, Mênadho tuwin Ambon). Wohing Volkstelling ing ngriki punika tamtu botên kirang sae, amargi tumindakipun kanthi pitulunganing sêrat-sêrat kabar, nyêbar reklame warni-warni tuwin sanès-sanèsipun, mila rakyat ing Indhia sami botên kêkilapan dhatêng kajêng tuwin pigunaning Volkstelling wau.

--- 1203 ---

Kawruh Jawi

Kawruh Padhalangan

X

Ingkang prênah sêpuh dhatêng ingkang prênah nèm: katuran panakrama yayi prabu wontên ing praja ...

Wangslanipun:

Inggih dhatêng kasuwun, panakramanipun kaka prabu, ingkang rumêntah dhatêng ri paduka kawula, kapêtêling mustaka, lumèbèra dhatêng prênaja, dadosa rah kayuwanan.

Ratu dhatêng ratu sajajar:

Katuran panakrama sang prabu rawuh ing praja ...

Wangsulanipun:

Inggih dhatêng kasuwun, asung prêmbage dhatêng kula, pinanggiha sami-sami.

Sabdaning ratu: jagad dewa bathara, èstungkara jagad.

Ambagèkakên dhatêng para dewa

Titah dhatêng bathara guru:

Hong siwah puja dewa, sumurup pudyastuti.

Wangsulanipun:

Hong nirdah pinara sabda, ulun trima, kita muja astuti.

Titah dhatêng sadaya dewa:

Hong sang hyang puja dewa, sumuruping pangèstuti.

Wangsulanipun:

Hong nirdah pinara sabda, ulun trima, kita muja astuti.

Dewa dhatêng sami dewa:

Hong puja dewa, dewataning kita, sumurup netya astuti.

Wangsulanipun:

Hong buwana langgêng, ulun trima, kita mangèstuti ulun.

Sabdaning satriya: èstungkara manik, raja dewadi.

Sabdaning danawa: bojêlèng bêkicot, bêlis lanat jeg-jegan. Utawi: pasarot jangkong, cèlèng gêmbèlès.

Patraping Andhalang

Kirang langkung jam satêngah 8 sontên, sawarnining prabot-praboting tiyang andhalang, kedah sampun sumêkta sadaya, kados ta: balencong sampun kasumêd, ringgit sampun kasimping, gôngsa sampun karakit, sajèn tuwin kutug sampun pêpak, wiyaga sampun jangkêp. Dhalang lajêng mapan ing ngajêng kêlir, linggihipun ngajêngakên pangagênging pasamuwan ngriku, kalayan patrap trapsila, ngantawisi cumadhong dhawuh, lampahan punapa ingkang badhe katindakakên.

Gôngsa wiwit katabuh, gêndhing saprayoginipun, manawi kina ingkang kathah ngungêlakên gêndhing gambirsawit, lajêng kadhawahakên gêndhing gonjang-ganjing, dumugi katawang rajaswala, têrus srêbêgan pathêt sanga, mawi sêsêg. Ingkang makatên punika wau dipun wastani: talu.

--- 1204 ---

Sasuwuking gôngsa, lampahaning ringgit sampun katêtêpakên. Dhalang nuntên mapan ngandhap balencong, ngajêngakên kêlir, niti pariksa tataning ringgit sadaya. praboting andhalang: kêprak lan cêmpala. Dêdamêlipun ringgit kêdah kacêpakakên, sampun ngantos andadosakên kuciwa.

Sadèrèngipun tumapak andhalang, kyai dhalang nyêpakakên ringgit ingkang badhe kawêdalakên rumiyin (ingkang kangge jêjêran), tumuntên takèn dhatêng wiyaga, punapa sampun sumêkta, kalayan kêdal ingkang sarèh lan lirih, ngangkah sampun ngantos katingal dêksura. Yèn sampun sumêkta sadaya, lajêng ajak wiwit. Kyai dhalang natap kothak ngangge cêmpala: throthuk-throthuk. Gôngsa mungêl: ayak-ayakan.

Dhalang nyadhak cêmpuriting gunungan ingkang tumancêb ing gadêbog, dumunung ing têngahing kêlir. Nuntên kajêbol alon-alon, sampun ngantos ngêgèt, kapalorodakên mangandhap lêrês, kadêmèk pucukipun, dipun tèmpèlakên ing pilingan, dhalang mawi ambatos môntra. Gunungan sêsampunipun kapolahakên wontên ing kêlir sawatawis, nuntên katancêpakên ing pamedan ingkang sisih têngên.

Sêsampunipun punika lajêng ngêdalakên kaparak kalih saking têngên, lampahipun ragi kapara andhap. Têrus ical mangiwa. Sawatawis nuntên kawangsulakên saking kiwa, katancêbakên ing pamedan sisih kiwa, wontên gadêbog pasowanan (gadêbog ngandhap), lampahipun kaparak makatên punika, imbanipun andhawuhakên dhatêng pêpatihing narendra, ingandikan sowan ngabyantara nata. nuntên ngêdalakên kaparak jajar kalih (gêntosan) saking têngên mangiwa, kapara andhap, katancêbakên sawingkingipun kaparak lurah (ingkang sampun katancêbakên wau). Sawatawis gong, gôngsa lajêng kasêsêgakên, kaparakan sadaya kawangsulakên manêngên. Nuntên mêdalipun patih lan wadya sawatawis. Gôngsa suwuk, lajêng mungêl malih gêndhing krawitan pathêt 6

Mêdalipun ratu saking têngên kaombyong manggung utawi kaparak, ingkang kacêpêng ing tangan kiwa,(gôngsa sêsêg).

Ratu katancêbakên ing pamedan sisih têngên, kapara rênggang sawatawis kalihan kikis (buntasing simpingan). Gôngsa lajêng antal malih. Kaparak katancêbakên ing sisih têngên ing gadêbog pasowanan. (Ratu wontên ing gadêbog palênggahan, inggih punika gadêbog ingkang nginggil). Gôngsa sirêp, dhalang murwani cariyos (janturan).

Wêwahan minôngka pèpèngêt tumraping andhalang.

1. Dhalang linggihipun kêdah majêng dhatêng kêlir jêjêg, têbihipun kalihan kêlir watawis sapanggayuh.

2. Panjêboling ringgit sampun ngantos katingal anggronjal.

3. Panyêpengipun cêpurit, yèn ringgit agêng: anjagal (ngêpok, sukuning ringgit ingkang wingking tumut kagêgêm). Yèn ringgit ingkang sêdhêng (upami Sêtyaki): magak (ragi mandhap), yèn ingkang alit (putri): mucuk (kacêpêng wontên ing pucuking driji).

--- 1205 ---

4. Yèn nancêbakên ing papan nginggil, suku ngajêng lan wingking kêdah ingkang radin, tumèmpèl pasitèn (jingga, utawi sutra, trêkadhang cindhe, ing sanginggiling gadêbog).

5. Anggènipun anglampahakên ringgit wontên ing kêlir kêdah ngramyang, sampun ngantos kapênêtakên.

6. Wêdalipun ringgit lan icalipun saking kêlir ingkang pajêg. Ringgit ingkang pancèn botên mêdal sampun ngantos katingal cungal-cungul wontên ing kêlir.

7. Salêbêtipun anglampahi wajib, dhalang kêdah sampun ngantos ngraosakên rêraosan ingkang kamirêngan, punapa malih alitipun ngalirik, agêngipun menga-mengo aningali dhatêng tiyang ingkang ningali, utawi dhatêng têtingalan ing pasamuwan ngriku.

8. Sampun ngantos nanduki wicantênan utawi rêraosanipun tiyang ningali, kajawi yèn katuju. Badhe kasambêtan.

S. Purwawiyata-Wêlèri. K. 3018

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Sumbangan

Sambêtipun Kajawèn nomêr 74

Garèng: Wis, Truk, banjurna saiki gêdumêlanamu ing bab alangane sumbangan, lagi anu kowe wis nyaritakake alangane tumrap sing duwe gawe, saiki kapriye mungguhing wong sing diulêmi, kandhidhat arêp nyumbang.

Petruk: Lumrahe pamêtune wong Jawa kuwi, ora ngêmungake ora cukup bae, nanging sing akèh malah nyranthil. Apa manèh wong gajian, -lo, sing diarani wong gajian kuwi, ora mung dara priyayi thok, nanging ya para juru tulis toko, mandhor sêpur, dhirèktur andhe-andhe lumut, lan sapadha-padhane, cêkake wong-wong sing pamêtune sarana diblônja ing liyan,- hla, kuwi, sing akèh-akèh katone: brêgas, mêntèrèng utawa gêmrènjèng, mung nèk wulane Ngabimanyu, ning iya Abimanyu sadurunge olèh Siti Sundari, lumrahe nèk wis jamane Abimanyu wiwit kêthêkar-kêthêkêr, para gajihan mau sing akèh rawise iya wis sèngklèh. Mulane wong sing petunge rada mêmêt, kuwi nèk duwe gawe iya milih tanggal sing isih jabang bayi, prêlune pandhèrèke sing arêp diulêmi isih pêpak, durung padha sêsaba kabèh. Saikine mungguh panêmuku, wong diundhang jagong sing sarana nganggo sumbangan, arêpa tanggal nom, arêpa tanggale wis nini-nini, loro-lorone pisan mêksa

--- 1206 ---

ora ngêpenakake. Malah nèk aku, kanggo sawênèhing wong Jawa, luwih bêcik lunga jagong ing tanggal tuwa katimbang ing tanggal nom.

Garèng: Wah, saya ora ngrêti babar pisan aku nyang kandhamu kiyi, ing ngarêp kowe ngomong, yèn wong Jawa kuwi sing akèh brêgase, dadi têgêse: duwene dhuwit, ana ing tanggal nom, dadi nèk wis tuwa tanggale, sing akèh dhumpète wis ngulèt bênggala, ewadene kowe anganggêp, tumrape wong Jawa luwih bêcik lunga jagong ana ing tanggal tuwa katimbang ana ing tanggal nom. Lo karêpmu kuwi apa wong Jawa cik bèn padha anggêdhèkake nyang utang.

[Grafik]

Petruk: Ing ngarêp aku rak ngomong, nèk nyang jagong sing nganggo nyumbang kuwi aku ora cocog, ya jagonga ana ing tanggal nom, utawa ana ing tangal tuwa. Nanging saala-alane jagong ana ing tanggal tuwa, mêksa isih ala jagong ana ing tanggal nom. Mungguh alane jagong ana ing tanggal tuwa kuwi mangkene: nèk wis tanggal tuwa kuwi sing akèh kanthonge wis kêmpès, nèk banjur kudu jagong, iya kalakon nabrak-nabrak golèk utangan. Iya nèk olèh, hla nèk ora, rak banjur anggadhèk-gadhèkake barang-barange sing rada ambêjaji, barange dhewe, barange sing wadon, anake, ora-orane ya dilakoni anggadhèke barange tanggane. Jalarane mung rikuh yèn nganti ora bisa têka bae.

Garèng: Kandhamu kabèh kiyi pancèn akèh bênêre, mula iya ana, sing nganti nglakoni mangkono mau. Nanging sing aku ora ngrêti, têka kowe ngomongake, yèn jagong ana ing tanggal nom kuwi luwih ora bêcik katimbang jagong ana ing tanggal tuwa. Nèk tanggal nom kuwi dhuwite rak isih wutuh, dadi ora prêlu nabrak-nabrak golèk utangan utawa anggadhèk-gadhèkake.

Petruk: Iya jalaran le dhuwite isih wutuh kuwi, anggone tak arani jagong ana ing tanggal nom dadi luwih ora bêcik. Awit ing sarèhning dhuwite isih wutuh, watake kêmlungkung banjur mêtu, rumasane banjur: aku bisa bayar, sèh. Dhuwite sablanjan têmtune iya digawa kabèh. Ana ing kono, yèn lumrahe mung sok nyumbang f 1- upamane, dupèh ana kancane sing nyumbang f 1.50 iya banju moh kalah, panyumbange iya andadak: jrèt f 2- apa manèh nèk panyumbange sarana laku tombok, tur lèdhèke ayu, we, hla, iya sida kobol-kobol têmênan. Sing nèk nyumbang lumrah mung f 1- barêng kudu tombok nyang lèdhèk ayu, iya bisa kalakon angglethakake: rong repis,

--- 1207 ---

utawa saanggris. Durung dhuwit sing cara Banyumase diarani: pêkacir aliyas dhuwit sêsêlan, kawuwuhan nyang lèdhèke atine rada sir, hla, kuwi anggone ngrogohi kathonge, iya mêsthi tanpa lèrèn. Durung anggone nyoba nglurukake: kucing utawa bêdor. Yèn wis mêngkono kuwi, sanadyan ing têmbe burine kêndhile bakal tansah mêngkurêb bae, iya ora diprêduli babar pisan, pikirane mung bisane katog anggone sênêng-sênêng ing wêngi kiyi.

Garèng: Wayah, iki rak omonge wong ora karuwan. Sanadyan anggone jagong ana ing tanggal thikluk-thikluk pisan, nèk dhasare pancèn: royal, ngêbrèh, kathik onggrongan, kiraku pambuwange dhuwit iya padha bae ta, Truk.

Petruk: Mêksa ana bedane, Kang Garèng, saakèh-akèhe anggone olèh dhuwit utangan, mêksa isih akèh kalane mênkasmêntas. balanjan.

Garèng: Iki bênêr, Truk. Nanging kowe kudu ngèlingi Truk, utang lan utang kuwi warna loro. Utang sing kanggo prêlu bangêt, upamane: kanggo maragadi kasripahan, lan sapêpadhane, kuwi pancèn angèl bangêt bisane olèh, nanging nèk golèk utangan kanggo kaplêsiran, apamanèh kanggo main, bok nang kalangan kono, sanadyan panêmbungmu utang mau luwih saka pamêtumu dhewe, iya: jrèng bisa olèh bae, wis, wis, Truk, bab kiyi ora prêlu dirêmbug dawa-dawa, saiki banjurna caritamu kang dadi alangane wong nyumbang kuwi.

Petruk: Sumbangan kuwi kadhangkala sok bisa ambubrahake wong mêmitran. Contone aku dhewe, Kang Garèng. Aku kiyi dhèk biyèn sobat kênthêl bangêt karo Kang Wôngsa, nganti nèk Bakyu Wôngsa kuwi olèh-olèh sing enak sathithik bae, ora kêlalèn aku mêsthi diundang, utawa nèk Makne Kamprèt kabênêr kêkurangan bêras, ora kalalèn, yèn kanane sumurup, iya banjur tumuli diuruni bae, utawa yèn Mas Wôngsa olaholèh. kiriman saka anak-anake, ya ora nganti kalalèn, aku ya mêsthi diuncali ...

Garèng: Wah, hla kuwi jênêng mêmitran kang utama bangêt, ning tumrape awakmu dhewe, têgêse: wèke kana wèkmu, wèkmu wèkmu dhewe.

Petruk: Lo, kuwi aku mung arêp ambuktèkake kênthêling mêmitranku karo Kang Wôngsa, nanging barêng aku nyupitake anakmu Si Kamprèt, aja manèh sumbange katona, cungure bae mêksa iya ora katon mungup-mungup, wiwit kuwi aku bajur sumpah: dadia banyu aku moh nyuwèk, dadiya godhong moh nyawuk.

Garèng: Yah, omonge wong ora gênah. Nèk kaya ngono kuwi kowe rak ambuktèkake cupêting budimu, sapa wêruh, yèn anggone ora têka mau, ana sambekala kang gêdhe bangêt, êmbuh lagi lara, êmbuh jalaran lagi ditinggal rêjêki. Nanging rêmbugane padha dilèrèni samene dhisik. Liya dina padha dibanjurake manèh.

--- 1208 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah.

Para priyantun ingkang sinau ing Bestuursschool.

Parentah sampun nêtêpakên para priyantun ingkang sinau ing Bestuursschool ing taun punika: Mas Kasan Kartarêja, wadana panjalu, Ciamis. Mas Wiraatmaja, ajung rêgènsêkap sèkrêtaris ing Krawang. Radèn Rustandi Ardiwilaga, asistèn wadana klas I Bandhung wetan. Radèn Sukarman, wadana pulisi rêsèrsê ing Sêmarang. Radèn Mas Milana, rêgènsêkap sèkrêtaris kêlas I ing Banyumas. Radèn Mas Czarwitz, asistèn wadana klas I Sêcang, Magêlang. Radèn Sumarsana, asistèn wadana Wanasaba. Radèn Mas Samaun, wakil rêgènsêkap sèkrêtaris kêlas I ing Jêmbêr. Mas Sunarya Dipraja, wakil rêgènsêkap sèkrêtaris klas I ing Kêdhiri. Mas Waskitha, asistèn wadana klas I ing Lawang. Radèn Panji Amongmakmur Cakranagara, wadana prajêkan, Bôndawasa. Abdul Rasid Sastradiwirya, asistèn wadana klas I Lawang, Malang. Radèn Aminulkusni Cakraamijaya, asistèn wadana Slaung, Panaraga.

Bab pêjah ing kabudidayan.

Kados ingkang sampun kawartosakên, ing bab kuli kabudidayan ing Sumatrah ingkang tiwas, punika asli saking kabudidayan Bukit Marajah. Wontênipun kalêbêtakên ing griya sakit, jalaran sakit malariah, tiyang wau sasampunipun katampèn ing dhoktêr, nanging dhoktêr wau lajêng dhatêng Eropah, punggawanipun ing ngriku botên sumêrêp dhatêng kawontênanipun tiyang ingkang sakit wau. Lawanging kamar sanès-sanèsipun, sabên dintên inggih kabikak, namung kamar ingkang dipun ênggèni tiyang wau botên kabikak, tuwin botên wontên tiyang ingkang gadhah èngêtan mariksa isinipun, papriksan yustisi taksih kalajêngakên.

Panyêgah malariah ing Dhigul.

Wontên barang-barang jugrugan tuwin ampas tir wawrat 60.000 kilo gram, saking Surabaya kakintunakên dhatêng Dhigul, badhe kangge nguruk rawa-rawa, ingkang anjalari tuwuhing sêsakit malariah.

Tamu agung ing Indhonesiah.

Wontên pawartos, ing Sumatrah badhe karawuhan pangeran siyêm asma Sobhon Bharadai Svastivanie sakalihan. Ingkang badhe dipun rawuhi ing Sumatrah pasisir wetan, ugi badhe rawuh ing Padhang. Anggènipun lêlana sang pangeran wau mêntas krama.

Manggih barang kina.

Ing Dinaya, antawisipun Malang kalihan Batu, wontên tiyang manggih rêca têmbaga cacah 5 iji, kakintên barang kina, lajêng kakintunakên dhatêng kantor Oudheidkundigen Dienst ing Batawi. Sêsampunipun kapriksa, barang wau kakintunakên wangsul, amargi ing Malang badhe kawontênakên parimatan barang-barang kina. Rêca wau ingkang kalih rêca Budha satunggal, Padmapani tangan sakawan, satunggalipun Wargapani, dewaning kilat. Ingkang tiga rêca Siwah, satunggal Ganesa dewaning kapintêran. Ingkang kêkalih sami Kuwera, dewaning kadonyan.

Griya panggulawênthah lare mursal.

Kala dintên Rêbo kapêngkêr wontên lare saking panggulawênthah lare mursal ing Ngawi cacah 20 kapindhah dhatêng griya panggulawênthah lare mursal ing Bandhung, ingkang nêmbe kababar.

Bang kabangsan ing Surabaya.

Kawartosakên, bilih ingkang wajib nindakakên bang kabangsan ing Surabaya gadhah panuwun dhatêng Centrale Kas voor het Volkscredietwezen ing Wèltêprèdhên, supados buk odhênging bang wau pamariksanipun kawêngku dening Centrale Kas. Dirèkturing Centrale Kas Mr. Th. A. Fruin marêngakên, nanging mawi prajanji botên ngêmungakên buk odhêng, sanadyan padamêlan sanès, ingkang gêgayutan kalihan bang ugi badhe kawêngku murih saya sampurna.

Asiah.

Ebah-ebahan Gandi

Calcutta 9 Sèptèmbêr, (Aneta-Nipa). Wontên tiyang èstri 30 sami dipun cêpêng wontên pakaranganing konggrès, jalaran kadakwa gêgayutan kalihan wontênipun arak-arakan ing Madras, ingkang tut wingking pangiringipun Sang Gandi bôngsa Inggris, nama Miss Slade, ugi karan Mirabai. Golongan tiyang kathah sami ambandhêmi pulisi ingkang nyêgah arak-arakan. Wontên sêtudhèn 10 pamulangan luhur Calcutta nandhang tatu, tuwin wontên sêtudhèn 10 sanèsipun malih ugi nandhang tatu. Lampahing ebah-ebahan tansah lajêng.

Kasusahan ing môngsa pêrangan.

Syanghai 12 Sèptèmbêr, (K. P.). kawontênanipun paprangan ing

--- 1209 ---

Pinghanrilwe nêngah-nêngahi majêng. Panêmpuh saking gêgana ing Cèngco kaajêngakên. Têtiyang ing ngriku sami manggèn wontên ing griya salêbêting siti. pamulangan katindakakên ing wanci dalu.

Eropah.

Nyirnakakên padagangan èstri.

Genève 8 Sèptèmbêr (Aneta-Nipa). Komisi Volkenbond ing bab nyirnakakên padagangan tiyang èstri, wontên ingkang badhe dhatêng Asiah wetan, mampir Indhonesiah, inggih punika Johnson saking Amerikah. Sundquish saking Swèdhên. Pindor saking Polên. Danguning panjajahipun badhe nagntos 1 ½ taun, dipun sadhiyani waragad f 300.000.-, saking kantor kasarasan, Amerikah.

Ukum pêjah tumrap tiyang ingkang botên nyondhongi paprentahan Itali.

Belgrado 9 Sèptèmbêr, (Aneta-Nipa). Ing Triste wontên tiyang 4, bôngsa Itali tuwin Slav sami kaukum pêjah, kadakwa dosa nuwuhakên kiyating raos botên anyondhongi paprentahan Itali wontên ing laladan Youza-Slavie, saya malih ing Croatia. Ing ngriku pangagêng andhawuhakên nutup griya-griya pakumidhèn, tuwin gêdhong musik, saha nyadhiyani wadya kangge nyêgah têtiyang ingkang sêsorah bab wau. Ing Agram wontên golongan agêng ingkang ngèngsêrakên konsul Itali, nanging lajêng sagêd kasirêp.

Amerikah.

Prahara.

Willemstad 10 Sèptèmbêr (Aneta-Nipa). Kawartosakên malih, bilih kawontênanipun prahara ingkang nêmpuh Santo Domingo ngantos mèh nyirnakakên kitha babarpisan. Namung gêdhong-gêdhong enggal ingkang botên rêbah. Tiyang ingkang tiwas 3000, ingkang kataton 23.000. Tumpukan-tumpukan mayit sami dipun bêsmi. Griya-griya sami kangge papaning tiyang ingkang sami botên gadhah griya. Sawanganipun kitha ing ngriku adamêl ngêrêsing manah, saênggèn-ênggèn kèbêkan cuwilan gêndhèng tosan. Tuwin cuwilaning gêndhèng wau kados lading panyukuran sami rumêbut, ingkang anjalari damêl kasangsaran samantên kathahipun.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 517 ing Kêbasèn. Wontênipun panjênêngan botên nate nampi blangko wisêl, awit botên nate nunggak. Kawuningana wisêl f 3.- ingkang nêmbe kula tampi punika, ingkang f 1.50 tumrap pambayaran kuwartal 1 taun 1931.

Lêngganan nomêr 1914 ing Pakualaman. Pos wisêl f 2.15 sampun katampi. Ingkang f 1.- kangge Kajawèn. f 0.64 kangge èlminak, taksih langkung f 0.51 karimat ing apdhèling buk odhêng. Panyuwunipun administrasi, manawi taun 1931 dèrèng têlas, panjênêngan sampun paring arta malih tumrap Kajawèn, awit bayaran taun 1931 sampun lunas.

Wara-wara.

Ngaturi uninga dhatêng para priyantun lêngganan enggal, sintên ingkang botên nampi Kajawèn nomêr 70 dumugi 75, punika anggènipun lêngganan sami kapetang wiwit tanggal 1 Oktobêr 1931 (kwartal 4).

Wangsulan saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 3822, ing Gêmolong. I tanggal 10 Siyam 1835, dhawah dintên Rêbo Wage tanggal 8 Nopèmbêr 1905. II Rêbo Wage Siyam 1835, kados bab I. III tanggal 10 Siyam 1838, dhawah dintên Ngahad Paing, taun Je, Walandi tanggal 6 Oktobêr 1908. IV wulan Nopèmbêr 1908 botên wontên dintênipun Rêbo Wage.

Lêngganan nomêr 2820 ing Bandhung. Rêbo Lêgi 26 Jumadilakir Jimawal 1797 dhawah tanggal 14 Oktobêr 1868. Jêmuwah Lêgi 24 Ruwah Dal 1839 dhawah tanggal 10 Sèptèmbêr 1909.

Nyonyah S. ing Cêpu. Volksalmanak sampun kakintunakên.

Wara-wara ingkang tumuju dhatêng lare, pancènipun botên wontên, nanging Kajawèn mêksa mara-marakakên, inggih punika bab:

Kajawèn badhe kawêwahan waosan lare.

Sanadyan wara-wara punika dèrèng tamtu kawaos ing lare, nanging rama tuwin ibuning putra, ing pangintên lajêng dhangan lêngganan Kajawèn.

Saya tumraping lêngganan lami, tamtu kados dipun sêngkakakên, lajêng ambayar rêgining Kajawèn kuwartal 4, ingkang talêthik namung f 1.50.

--- 1210 ---

Wêwaosan

Sêrat Ramayana

14

[Dhandhanggula]

Sang suputri dahat mêminta sih / mring Sang Rama kaparêng nyêpênga / minôngka kalangênane / ari Laksmana matur / ulun matur paduka yêkti / mênggahing jatinira / kang sangsam puniku / mokal kalamun sanyata / ing pangintên tarlèn mung pandamêling wil / kang arsa paracidra //

mungguh putri ing galih tan kongkih / paksa adrêng anyuwun mring raka / mrih linêgan panggalihe / sangsam saya kadulu / anyênyolah nênarik ati / kadi-kadi anyêlak / lincêg-lincêg tanggung / tumuli ampingan wrêksa / kawistara ing sêmu dahat mêmengin / ngungkurakên Sang Sita //

[Pangkur]

Satriya Rama sakala / karasèng tyas dènnyanggung dèn rêrintih / satêmah ing galih nurut / dyan dhawuh mring Laksmana / akariya rumêksa mara sang ayu / Sang Rama tumuli bidhal / sarwa angasta jêmparing //

tan dangu sangsam kawuryan / tinut wuri ananging saya kêsit / yèn dinohan mandhêg mangu / kadi angantènana / wusing dangu Sang Rama kabranang kalbu / punang sangsam linêpasan / ing jêmparing angênani //

kang sangsam nyuwara sora / têmah babar awarna jatining wil / swaraning pambêngokipun / kapyarsa amêmindha / swaranira Sang Rama ingkang satuhu / raras anggung asêsambat / kang dahat mêmêlas asih //

jatinira kang mangkana / mèt pangarah mrih kamirêngan têbih / lamun Laksmana karungu / maring swara punika / yêkti nilar dènnya rumêksa sang ayu / lamun mangkana Sang Sita / yêkti kêni dèn pêraki //

Dèwi Sita duk samana / datan samar mring suwaraning laki / sakala ing tyas margiyuh / rasa èmêng kaliwat / nulya gita marang Laksmana dhêdhawuh / sumusula ingkang raka / kang dahat kawêlasasih //

nanging Laksmana tan samar / jatinira swarèng wil kang mèt silip / amêmindha swaranipun / raka satriya Rama / kang ing wuri mung arsa mawèh pakewuh / marma tan prêlu ginagas / têtela panggawe juti //

Sang Sita dupi miyarsa / aturirèng ari sakala runtik / malah Laksmana sinêndhu / sinêngguh datan sêtya / tega marang kadang suka lamun lampus / cacad wataking satriya / ngucira samar ing pati //

Laksmana ing tyas sakala / dahat merang batos arasa tangis / wêkasan tumindak anut / marang dhawuhing raka / awit nyata Laksmana panganggêpipun / ambathari mring Sang Sita / ajrih yèn tan anut tuding //

Sang Laksmana nulya budhal / sang dyah ayu kari datanpa kanthi / mangkya sri narendra diyu / kang wus dangu umpêtan / datan têbih dumunung anèng rêrungkut / dupi wus mêngkêr Laksmana / rumasa lêga ing galih //

tandya umêdal sakala / amêmindha wangun warnaning rêsi / atêtêkên gêgêr wungkuk / nyangking kalênthing toya / tan kawruhan kang mêmindha wus jumujug / anèng ngarsaning Sang Sita / ing sêmu mêmêlas asih

tan sarônta kang mêmindha / ngalêmbana marang Sang Sita Dèwi / ing warna tuhu pinunjul / sang putri ing sakala / apêparing têtêdhan tanapi banyu / amung ing galih karasa / sêmu samar aggung ajrih //

marma tan kêndhat umulat / maring wana ing tyas anganti-anti / Laksmana enggala wangsul / mung cipta kang mangkana / yêkti lôngka sambadanira tinêmu / Sang Rama miwah Laksmana / wus samya tumindak têbih //

tan darana Sang Rawana / wus angracut warnanira maharsi / têtanya marang sang ayu / paran ing purwanira / de sang ayu ing mangkya wontên ing ngriku / Rawana nulya ngrêrêpa / linut sabda sarwa manis //

mugi Sita kaparênga / anut maring nata angênyapuri / angrênggani ing kadhatun / anèng pura ing Langka / baya pantês dadya pramèswari prabu / ywa suwung pura ing Langka / kang ing mangkya maksih sêpi //

Dèwi Sita duk miyarsa / nulya nabda amor sêrênging runtik / hèh sira ywa nambung laku / wruhanira hèh janma / ingsun iki garwaning satriya luhung / kang aran satriya Rama / sira aywa salah kardi //

yèn sira arsa widada / singkirana tindakira tan yukti / awit ing bêbasanipun / sira maha narajang / kumawani mêthot kukuning mong iku / anyopot untuning sarpa / lan angombe wisa mandi //

madhêm urubing dahana / ginêpyok ing busana waton wani / mlaku sadhuwuring paku / yèku pêpindhanira / pakewuhe sira andhustha wakingsun / lah sira bêcik èngêta / yêkti nêmoni basuki //

tan pisan kagyat Rawana / malah ngangsêg winor gujêng anggigik / tan surut dêrênging kayun / malah saya andadra / awit Sita duk duka saya pinunjul / sêrênging netya tan ana / malah rinubung mêmanis //

Rawana dyan muntu sêdya / mrih ywa kongsi dangu anganti-anti / datan arsa angrêrimuk / maring Sang Dèwi Sita / sanalika awujud jatining diyu / nulya sajarwa mring Sita / kalamun Rawana Aji //

mangkana ing sabdanira / hèh ta Sita ingsun iki narpati / beda lan Rama puniku / amung janma walaka / tan darana Rawana nulya anaut / sang dèwi kêni binêkta / mring rata ngayuh wiyati //

lampahing rata lir kilat / mumbul muluk yayah sundhul ing langit / nulya angampat mangidul / raras garudha nglayang / sumiyuting rata nyabawa gumludhug / linuting kang bayu bajra / jaladara piyak nisih //

sang putri anggung sêsambat / linut tangis mring nata angrêrintih / ananging pamintanipun / tan pisan rinaosa / malah asru lampahing rata ambacut / sang putri nulya sêsambat / mring Rama lan Laksmana ri //

lèpèn-lèpèn kang katingal / sinambatan mrih suka mitulungi / kêkaywan ingkang kadulu / tan kêndhat sinambatan / myang manjangan kang kagyat swara gumludhug / katon lumayu sar-saran / inguwuh pinrih nulungi // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1211] ---

Ôngka 76, 25 Rabingulakir, Taun Jimawal 1861, 20 Sèptèmbêr 1930, Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50. Bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Ngobrol ing Dintên Sabtu

Bab icaling gugon tuhon, pangaji-aji lan sasaminipun.

Cara-caranipun bôngsa Jawi ngudi dhatêng kamajêngan nyara kilenan, punika samangke sampun kenging dipun wastani: nyamlêng. Botên ngêmungakên, bilih kathahipun têtiyang Jawi ingkang cas-cus, sagêd cara Walandi, sampun bal-balan, nanging sapunika malah wontên ingkang sampun sagêd anggayuh kawruh kilenan ingkang mêncit piyambak, kados ta: propesor, sanadyan sapunika sawêg wontên sapêthil, insinyur, dhoktêr, adpokat, lan sasaminipun.

Mênggah wontênipun têtiyang Jawi sami ngudi dhatêng kawruh kilenan punika, sajatosipun agêng sangêt bathinipun. Botên ngêmungakên sagêd mindhak kawruhipun kemawon, nanging jalaran saking dayaning kawruh kilenan wau ugi sagêd anjalari ewahing wêwatêkanipun, upami lajêng: mindhak kêndêl, têbih saking manah gugon tuhon, nyuda dhatêng watak pangaji-aji, kados ta dhatêng wêsi aji, papan ingkang dipun anggêp angkêr lan sasaminipun, ngirangi watak andhap asor ingkang kêladuk, botên gumun dhatêng barang ingkang dipun cariyosakên anèh, makatên sapiturutipun. Môngga sami dipun andharakên saking satunggal mênggah bathining watak ingkang makatên wau.

Mindhak kêndêl, ingkang jalaran saking dayaning kawruh kilenan. Sajatosipun, watak ajrih lan jirih punika kabêkta saking botên sumêrêp utawi botên mangrêtosipun. Upaminipun: sawênèhing tiyang, lumêbêt wontên ing rèsturan, ingkang katingalipun: rêsik, gêmrining, punika ajrih. Ajrihipun wau, botên sabab kuwatos yèn botên sagêd ambayar, nanging sabab saking botên sumêrêpipun, dipun kintên bilih rèsturan ingkang makatên punika ngêmungakên kangge para Walandi, priyantun, lan sasaminipun. Nanging manawi sampun kaping kalih utawi kaping tiga lumêbêt mriku, inggih lajêng ical raosing manah ajrih wau, sarta lajêng anggadhahi ucap-ucapan makatên: yak, aku kiyi nèk ora mangan nang rèsturan kana kae, atiku kok ora marêm.

Makatên ugi tiyang ajrih dhatêng bôngsa Walandi upaminipun, punika sababipun botên sanès, inggih jalaran saking botên sumêrêpipun, dipun wastani, bilih sadaya Walandi punika mêsthi: tukang mabuk, tukang mêrdhom, lan sasaminipun. Sarta botên pisan-pisan gadhah pangintên, bilih bôngsa Walandi ingkang sok makatên punika, sajatosipun bôngsa Walandi ... klas menda, têgêsipun: bangsaning Walandi urakan. Nanging bôngsa Walandi ingkang sugih kawruh, asal, tuwin pangajaran, inggih alus tur jatmika, trêkadhang malah sok purun mitulungi barang.

Dados atur kula ing ngajêng, bilih kawruh kilenan sagêd ngindhakakên kêkêndêlanipun têtiyang Jawi, punika rumaos kula kados inggih lêrês, jalaran, margi saking kawruh kilenan wau, botên ngêmungakên tiyang Jawi lajêng sami sumêrêp kawruh-kawruh kilenan, ingkang sungil-sungil sarta ingkang gawat-gawat, nanging ugi nyumêrêpi kawontênanipun bôngsa kilenan ingkang sawèntèh-wèntèhipun. Têgêsipun: [Têgêsi...]

--- 1212 ---

[...pun:] lajêng sagêd nyumêrêpi, bilih bôngsa kilenan punika: wontên ingkang pintêr, nanging ugi wontên ingkang bodho, wontên ingkang unggul budinipun, nanging ugi wontên ingkang asor sangêt, ngantos purun this-thisan turut kampung, makatên ugi sagêd nyumêrêpi, bilih bôngsa kilenan punika wontên ingkang alus, nanging ugi wontên ingkang kasar ngungkuli wataking dênawa. Ing sarèhning kawruh sadaya wau sakêdhik-sakêdhik sampun sagêd anyakup, dados prasasat botên wontên prakawis ingkang dipun rikuhi, rak inggih layak kemawon, manawi kakêndêlanipun lajêng mindhak.

Nanging emanipun, dene sawênèhing para mudha, ingkang sampun anyakup dhatêng kawruh kilenan wau, sok wontên, ingkang anggènipun ngêcakakên kakêndêlanipun kanthi tanpa dugi-dugi, ingkang anjalari: para Walandi lajêng sami ewa, lan bangsanipun piyambak sami kirig-kirig. Awit ing ngriku lajêng namung ngêgungakên kapintêranipun kemawon, kanthi botên ngèngêti, bilih bôngsa kilenan punika ugi anggadhahi unggah-ungguh, tatakrama tuwin udanagara. Dipun kintên manawi sampun sagêd mungêl: dhah, mênir, utawi: nit tuwin ya wèl, ya wèl sampun cêkap, sarta inggih lajêng kenging nyak-nyakan kemawon. Lo, manawi makatên punika, ingkang dipun tiru rak lajêng sanès bôngsa kilenan ingkang pantês dipun tiru ing bôngsa kula sadaya, nanging bôngsa kilenan klas êmbèk kados ingkang sampun kula aturakên ing ngajêng. Lan malih tiyang ingkang makatên punika, inggih lêrês dipun wastani: pintêr, nanging pintêripun wau clola-clolo tanpa tatacara, punapa malih manawi dhatêng caranipun piyambak ngrumaosi sampun kasupèn, punika clola-clolonipun mawi dipun lanjari: clila-clili.

Samangke kawruh kilenan ingkang adamêl sudaning manah gugon tuhon, salêrêsipun makatên, botên amung ing kawruh kilenan kemawon, sanadyan ing agami pisan ugi ngêwrat piwulang-piwulang ingkang manawi dipun wigatosakên yêktos, ugi sagêd anjalari sudanipun gugon tuhon. Kados ta: piwulang ingkang nyariyosakên bilih mêmêdi punika salêrêsipun botên wontên, lan wontênipun tiyang dipun ajrih-ajrihi ing mêmêdi punika, sajatosipun tuwuh saking angên-angênipun piyambak.

Ewasamantên mênggahing pamanggih kula, botên amung gumantung saking ungguling kawruh kilenan utawi mantêping anggènipun nindakakên agaminipun, nanging ugi gumantung dhatêng kaantêpaning manahipun. Tandhanipun kula piyambak gadhah pitêpangan ingkang sampun unggul sayêktos kawruhipun kilenan, sarta kêrêp sangêt nyariyosakên, bilih mêmêdi punika botên wontên, nanging ing satunggiling dalu, sarêng piyambakipun piyambak kapêksa kêdah lumampah anglangkungi pakuburan ingkang dipun kabarakên kathah mêmêdinipun, jêbul lumajêng sipat kuping kanthi cincing-cincing sanginggiling dhêngkul, rumaosipun, bilih mêmêdi punika ajrih kalihan tiyang ingkang cincing.

Sapunika kawruh kilenan ingkang nyuda dhatêng watak pangaji-aji, upaminipun dhatêng wêsi aji, papan ingkang angkêr lan sasaminipun. Bab punika botên prêlu dipun jalèntrèhakên kanthi panjang. Bôngsa kilenan umumipun pancèn botên pitados dhatêng wêsi aji utawi papan angkêr, makatên ugi botên purun angaji-aji dhatêng tatacara kina, ewasamantên ing ngriki kula badhe nyariyosakên sakêdhik wontênipun tatacara kina, ingkang dumuginipun samangke dening bôngsa Inggris, inggih punika salah satunggiling bôngsa Eropah ingkang majêng sangêt, taksih dipun tindakakên.

Ing parêpatan Lagerhuis - manawi wontên ing tanah Jawi ngriki bokmanawi punika bangsaning polêksrad - pangarsanipun têmtu nyêpêng sawarnining têkên mawi krun, ingkang dening bôngsa Inggris dipun wastani mace. Wiwit kina makina cara makatên wau tansah dipun tindakakên ngantos dumuginipun dintên samangke. Miturut adat tatacara ngriku, manawi pangarsa sampun ngasta têkên wau, sadaya warga wajib ambangun turut, sintên ingkang ambôndakalani, punika dipun wastani: botên mangrêtos adat, botên tata lan sasaminipun. Dados ing ngriku cêtha, bilih pangarsaning Lagerhuis punika, manawi sampun ngasta têkênipun wau, inggih sayêktos agêng sangêt panguwasanipun, kosokwangsulipun, manawi têkên wau kaglethakakên, sanalika punika panguwasaning pangarsa inggih lajêng ical. Kathah tuladha-tuladha ingkang nelakakên agênging pangaji-ajinipun bôngsa Inggris dhatêng tatacara kina wau, nanging badhe kêpanjangên obrolan kula, manawi kula aturakên ing ngriki sadaya, amila inggih namung kula punggêl samantên kemawon, ing ngriki kula namung badhe ambuktèkakên, sanadyan bôngsa Eropah pisan, inggih mêksa taksih wontên tatacara kina, ingkang dumuginipun dintên samangke taksih dipun aji-aji.

Jalaran saking dayaning kawruh kilenan wau, samangke pancèn sampun kathah para mudha Jawi ingkang sampun suda pangaji-ajinipun dhatêng: wêsi aji, lêlampahan ingkang anèh-anèh, tatacara kina, papan angkêr lan sasaminipun. Malah wontên ingkang wicantênipun sampun botên pitados babarpisan. Nanging lairipun punapa inggih pancèn cocog kalihan kabatosanipun, hla, punika taksih nama satunggilipun pitakenan. Buktinipun:

Kula gadhah kônca, ingkang kenging dipun wastani sampun tigang prapat Walandi, omongipun sampun botên pitados babarpisan kalihan lêlampahan-lêlampahan ingkang botên lumêbêt ing nalar wau. Satunggilipun wêkdal mirêng kabar, yèn wontên tiyang dipun surupi dening Radèn Bagus Cêmêthi. Sanalika punika kônca kula wau kula ajak ningali, inggih lajêng sagah, lan wontên ing margi piyambakipun tansah sumbar-sumbar makatên: Hêh, wong Jawa ki pancèn kakehan prêtèngsèng, rak iya ora klêbu nalar babarpisan, ana wong têka kêsurupan dhêmit kang jênêng: Dèn Bagus Cêmêthi. Wong dhêmit kuwi rak ora ana. Dilalah, sarêng dumugi ing ngajêngipun tiyang ingkang kasurupan wau, kônca kula dipun aruh-aruhi dening ingkang kasurupan makatên: He, Amad, ana apa kowe têka mrene. Kala punika kônca kula têka lajêng biru kêcu, dene wangsulanipun krama, thik malih [ma...]

--- 1213 ---

[...lih] gurawalan: bê ... bê ... bê ... botên, dê ... dê ... Dèn Bagus Cê ... Cê ... Cêmêthi. Lo ingkang makatên punika punapa jalaran saking botên pitados, punapa sakêdhik-sakêdhik taksih wontên dhasaripun pitados, hla, punika kula namung nyumanggakakên dhatêng para maos.

Minôngka mungkasi obrolan kula punika, samangke kula badhe ngaturakên, kawruh kilenan ingkang ngirangi andhap asor ingkang kêladuk. Mênggah sudaning patrap andhap asor ingkang kaladuk, punika kula lair batos pancèn inggih cocog, namung panuwun kula, ingkang gadhah ada-ada ing bab punika wau, inggih kêdah ingkang sagêd nêtêpi punapa ingkang dados idham-idhamanipun. Têgêsipun, anggènipun gadhah ada-ada makatên punika, sampun salaminipun dados êlêpsêkripêr utawi juru sêrat kemawon, nanging sarêng dados asistèn wadana ngraosakên dipun sêmbah dening para lurah, lajêng manggut-manggut, ing batos: We, hla, kok gurih ya, wong disêmbah kiyi. Lo, sampun makatên, sanadyana dados bupati pisan, ada-adanipun wau malah saya dipun kêncêngakên. Manawi para ingkang sami botên nocogi dhatêng tatakrama ingkang kaladuk wau, ada-adanipun anggèning badhe ngewahi tansah ajêg kemawon, lan pangkat luhur ingkang dipun sambutakên dening ingkang Kuwasa, botên adamêl mêndêming sariranipun, kula pitados, yèn ing têmbe mêsthi badhe sagêd kalêksanan saèstu. Nanging angèlipun wontên ing donya, dene dipun sêmbah, dipun dhodhoki punika kenging dipun ibaratakên: sèwu enak, sèwu kêpenak, sèwu sêgêr, didadèkake siji.

Pênthul.

Kagunan Jawi

(Sambêtipun Kajawèn nomêr 54)

Sêkar Surarêtna, la 12, pê 4-8, dhawah Ginonjing, pe, pa, barang

[Notasi]

Lajêng katampèn ing gêndhing Lagu geronganipun kados ing ngandhap punika.

[Notasi]

Ginonjing punika sanèsipun, pe, pa, barang, ugi kenging, inggih punika kadamêl salendro, pa, manyura, gongipun sami jôngga 2.

[Notasi]

Sêkar Rêtnamulya, la, 12, pê, 4, 4, 4, dhawah ladrang Sriwidada, pe, pa, barang.

[Notasi]

Lajêng katampèn ing gêndhing Lagu geronganipun kados ing ngandhap punika.

[Notasi]

Sêkar Madurêtna, la, 12, pê, 5,7, dhawah ing gêndhing Lobong, sle, pa, manyura.

[Notasi]

Lajêng katampèn ing gêndhing Lagu, geronganipun kados ing ngandhap punika, ciri [S sindhèn, èstri H]

--- 1214 ---

Wara-wara badhe wêdalipun Kajawèn mawi kawêwahan waosan lare, sayêktosipun namung nyariyosakên: isinipun nênarik manah, tur: rêginipun mirah.

Nanging manawi botên lêngganan, panggalih badhe growah.

Cêkakaning atur: Arta f 1.50 (kalih têngah) ingkang kakintunakên sapunika, badhe dados bingahing putra.

--- 1215 ---

Raos Jawi

Cocoging Raos.

Tiyang punika pakarêmanipun beda-beda, upaminipun ing bab têdha, pamirêngan, sawangan tuwin sanès-sanèsipun. Upaminipun tiyang ingkang karêm pêpêdhês, sagêd ngêlêm dhatêng sumêlèting lombok, kosokwangsulipun tiyang ingkang botên doyan, botên ngêmungakên botên purun nêdha kemawon, malah taksih mawi ngawontênakên pamada barang, makatên salajêngipun. Dados tumrap tiyang ingkang doyan pêdhês wau, têgêsipun cocog dhatêng raosing lombok. Dene tumraping pamirêngan utawi sawangan, kados ugi makatên.

[Grafik]

Al Jolson tukang mênyanyi bôngsa Aprikah ingkang misuwur.

Ing nginggil wau nama sawêg raos ingkang taksih kêgolong kasar, dene alusipun, inggih punika raos lêbêt. Gampilanipun raosing manah, tumraping tiyang sami tiyang, manawi mêmanahanipun cocog, kenging dipun wastani cocog raosipun.

Mênggah cocoging raosipun tiyang, punika kenging kagêrba jalaran saking cocoging wêwatêkan, mila saupami tiyang mardi dhatêng tiyang sanès badhe nocogakên kalihan tiyang sanèsipun malih, inggih lôngka sagêdipun kalampahan, kajawi ingkang pancèn sampun cocog dhêdhasaraning wêwatêkanipun. Bab punika, tiyang sagêd nitik dhatêng lampahing jêjodhoan, kados punapa pamardining tiyang sêpuh murih anakipun rukun anggènipun jêjodhoan, nanging manawi pancèn botên condhong, inggih tansah bêngkrik kemawon, tanpa kêndhat tansah pabên, dene jalaranipun botên sanès, inggih saking botên cocog raosipun wau.

Tumrapipun jêjodhoan, punika pancèn angèl sangêt, mila wontên ucap-ucapan, jodho punika saking kaparênging Pangeran, tiyang botên sagêd andamêl. Têtêmbungan makatên wau manawi dipun raos, pancèn lêrês, mênggahing kajêngipun botên ing bab anggènipun anggathukakên, nanging ing bab gathuking pamanahan, inggih ing bab cocoging raosipun manah.

Caraning kina, kojuring tiyang jêjodhoan, dening pamilihipun kawêngku ing tiyang sêpuh, tur botên tiyang sêpuh badhe nglorobakên anak, nanging sarèhning jodho punika gêgayutan cocoging manah, mila inggih asring pinanggih sulaya. Nanging tumraping jalêr ragi gadhah pamênang sakêdhik, awit sagêd nindakakên pamilih. Mênggahing kalimrahan,

--- 1216 ---

bakunipun milih warni, mila kojur sangêt mênggahing tiyang èstri, babarpisan botên sagêd ngawontênakên pamilih, saya tumrap ingkang kuciwa ing warni.

Dangu-dangu jamanipun saya majêng, ngakal budining para mudha ingkang badhe jêjodhoan sagêd nindakakên panglèlèr, têgêsipun sagêd sami nyumêrêpi wêwatêkanipun, bilih tiyang sêpuh kantun rumojong kemawon.

Sayêktosipun tiyang ngantos kêkilapan dhatêng kajênging jodho, têgêsipun cocoging raos, upaminipun tiyang sumêrêp tiyang jêjodhoan, ingkang èstri ayu, nanging ingkang jalêr awon, makatên kosok-wangsulipun. Kawontênan ingkang kados makatên punika namung adamêl gumun, dene ingkang mênang sawangan têka purun anglampahi. Kasupèn manawi rukunipun jalaran saking cocoging raos.

Tumraping bôngsa Jawi, kêtariking raosing tiyang sanès, limrahipun namung wontên ing warni, awis ingkang katarik saking sanès-sanèsipun. Nanging tumrapipun bôngsa Eropah, bakunipun ingkang dados daya panarik tuwuh saking kalangkungan, dene kalangkungan wau warni-warni, wontên ingkang tuwuh saking karosan, upaminipun juru boksên, wontên ingkang saking swara, upaminipun juru manyanyi. Mênggah kalangkunganipun wau ugi sagêd anjalari manggih kamulyan. Ing karangan punika wontên gambaripun bôngsa Aprikah nama Al Jolson, mênggahing wujud, tumrap ingkang sanès bôngsa, tamtu araos gila, ananging kauningana, tiyang wau juru manyanyi, saening swaranipun anggêgirisi, ngantos dados kondhanging kidung, wêkasan sagêd manggih kamulyan, sarana saking swaranipun dipun cocogi ing tiyang.

[Grafik]

Nyonyah Lindberg Morrow saha putranipun ingkang taksih alit.

Wontên malih Tuwan Linberg ingkang mêntas dados ucapipun tiyang sajagad, jalaran sagêd angêgana sarana mêsin mabur anglangkungi sagantên Atlantick.

Misuwuring namanipun tuwan wau, sagêd anênarik raosing manahipun putraning miliunèr ing Amerikah, nama Morrow, wusana kalampahan kamantu, kanthi dipun bruki bandhanipun, lulus kanthi cocoging manah.

Sayêktosipun tumrap cocoging raos, bôngsa Jawi ugi botên beda, nanging taksih mawi winêngku tata ngadat kina, nyirik ingkang dipun wastani dèrèng kêlimrah, upaminipun saening swara, tuwuha ing jalêr utawi èstri, inggih taksih kêgolong drajat andhap, dene pinanggihipun ing têmbe kadospundi, taksih kados cangkriman, nanging mênggah cocoging raos, sèlèhipun sami kemawon.

Ha.

--- 1217 ---

Kawruh Sawatawis

Pratikêlipun Malitur

Ing Kajawèn ôngka 64 saha 65 kula sampun maos karangan ing bab pratikêlipun malitur gandhèngipun kalihan pangirit. Ing sarèhning karangan wau dèrèng nêrangakên cara-caranipun ngabêni plitur, amila murih saya sagêd têrang, kula badhe nêrangakên sawatawis miturut sêsêrêpan kula ingkang sampun kula tindakakên, kados ing ngandhap punika:

Plitur ingkang sampun dados utawi ingkang sampun dipun abêni saking toko punika manawi kangge mlitur mèbêl (bangsaning meja kursi) pinanggihipun botên prayogi, jalaran ingkang adhakan kemawon dangu sangêt sagêdipun garing, manawi dipun lênggahi sagêd krakêt dhatêng sinjang, limrahipun plitur damêlan saking toko makatên angêmungakên kangge mlitur barang dandosan Jawi bangsaning gêbyog, patangaring tuwin sapanunggilanipun. Dene plitur ingkang prayogi kangge mlitur meja kursi saha sasaminipun punika prayogi damêl utawi ngabêni piyambak. Pratikêlipun: mundhuta sêpirtus sagêndul, rêgi f 0.20, lajêng kacêmplungana sarlak pangaos f 0.25, sarlak makatên sagêd mundhut ing toko-toko, sasampunipun lajêng kaêpea ing bênteran sawatawis dangunipun, manawi sarlakipun sampun ajur, sêpirtus wau sampun kenging dipun wastani nama plitur. Inggih plitur makatên wau ingkang nama prayogi, manawi dipun cakakên sagêd tumuntên garing saha botên plikêt.

Limrahipun mèbêl makatên warni-warni plituranipun, ingkang limrah dipun rêmêni ing ngakathah plituran sawo matêng saha jêne. Pratikêlipun supados plitur wau sagêd dados wujud sawo matêng saha jêne, kêdah mawi campuran malih, inggih punika kêdah dipun campuri mawi koyan cêmêng, bubukan cèt abrit, saha bubukan atal, sadaya wau sagêd mundhut wontên ing toko-toko, rêginipun mirah sangêt, sabungkusipun rêgi f 0.05. Dene pratikêlipun ngabêni:

Mundhuta blèg tilas wadhah mèlêk utawi sanèsipun, karêsikana ingkang ngantos rêsik, sasampunipun kailingana plitur kintên-kintên wontên ¼ gêndul, upami badhe damêl sawo matêng, mundhuta bubukan cèt abrit ± 2 sendhok nêdha, koyan cêmêng 1 sendhok nêdha, lajêng kadadosakên satunggal kabuntêl ing suwekan ingkang ragi awis saha rêsik, lajêng kacêlup-cêlupna ing plitur ingkang wontên ing blèg wau, prêlunipun kangge nyaring, supados samôngsa plitur wau dipun cakakên botên karaos ngêrês jalaran saking ampasing bubukan koyan saha cèt. Dene manawi badhe damêl jêne, sabên plitur ¼ gêndul, bubukan atal ± 4 sendhok nêdha saha bubukan cèt abrit 1 sendhok nêdha, pratikêlipun ngabêni sami kalihan ingkang kasêbut nginggil. Dene plitur sanèsipun, sawo matêng saha jêne, upaminipun abrit utawi pêthak, mêsthinipun inggih kêdah [kê...]

--- 1218 ---

[...dah] ngangge abên bubukan cèt abrit saha pêthak, woworanipun tumrap satunggal-satunggaling warni sagêd dipun kintên-kintên piyambak miturut punapa ing sakarsanipun ingkang badhe mlitur.

Murih têrangipun saha botên andadosakên sêling sêrêpipun ingkang kaparêng badhe ngêcakakên, pratikêlipun malitur kenging kados plitur ingkang kula aturakên ing nginggil, prêlu kula têrangakên ing ngriki, inggih punika sasampunipun kajêng utawi kursi ingkang badhe kaplitur wau dipun amril ngantos alus, plituripun sawêg kenging kaêcakakên mawi kuwas. Namakakên plitur kapisanan punika nama sawêg andhasari, mila anggènipun ngusarakên sampun ngantos katurutakên sêratipun kajêng, ananging kêdah malang, prêlunipun supados gampil rumêsêpipun. Sasampunipun garing lajêng kagosoka amril pêjah (damêl amril pêjah makatên amril kagosokakên sami amril, pinanggihipun botên kasar), prêlunipun dipun amril, manawi anggènipun ngusarakên plitur kandêl tipis, lajêng sagêd wradin. Sasampunipun dipun amril lajêng dipun usari plitur saha dipun amril malih, ananging pratikêlipun ngusarakên, beda kalihan usaran ingkang sapisanan, usaran ingkang kaping kalih saha sapiturutipun kêdah katurutakên sêratipun kajêng saha botên kenging kasêsa, usaran ingkang kaping tiga amung plitur thok, tanpa woworan, sagaringipun ugi kêdah dipun amril. Usaran ingkang kaping sakawan plitur thok kawoworan bubukan gôndarukêm sawatawis, ugi kêdah kasaring, prêlunipun kangge ambabar supados sagêd gilap, ananging anggènipun ngusarakên kêdah ngangge kuwêlan kaos, paedahipun supados sagêd alus saha wradin. Sasampunipun makatên nama sampun ambabar utawi sampun dados, barang wau mêsthi katingal mêncèrèt utawi gilap, murih prayoginipun barang wau kasumênèkna salêbêtipun 1-2 dintên, sampun ngantos dipun angge utawi sampun ngantos dipun lênggahi rumiyin, prêlunipun supados botên pating blêntong.

Sapunika gêntos ngrêmbag pamlituripun barang ingkang sampun lami. Ngenggalakên plituran lami makatên manawi pancèn botên prêlu nyantuni pulasipun, upami ingkang suwau plituran sawo matêng lajêng badhe dipun enggalakên ugi sawo matêng, punika botên prêlu dipun sodhah, ananging barang wau namung cêkap dipun rêsiki mawi suwekan saha dipun amril ngangge amril pêjah kemawon. Tindak makatên punika nama sampun nyuda dhatêng wêdalipun wragad. Ing sarèhning barang wau nama sampun wontên dhasaripun plitur, inggih punika plituran lami, tumrap tumindakipun nyampuri ragi wontên gèsèhipun wau inggih punika plitur ingkang badhe dipun tamakakên ingkang kapisanan, sasampunipun dipun wori pulas, koyan, bubukan cèt, sapanunggilanipun wau prêlu sangêt dipun colok ing bubukan gôndarukêm sawatawis, sasampunipun makatên sawêg kenging katamakakên, cêkap namung 2 rambahan kemawon, ananging sampun ngantos kasupèn, sabên barang wau mêntas dipun tamani plitur, manawi sampun katingal garing ugi kêdah dipun amril ngangge amril pêjah. Dene anggènipun ambabar cêkap namung ngangge plitur [pli...]

--- 1219 ---

[...tur] thok kausarakên mawi kuwêlan kaos kaangkah sagêdipun alus saha wradin, sasampunipun makatên barang wau mêsthi katingal mêncèrèt utawi gilap. Makatên ugi tumrap barang ingkang suwaunipun plituran jêne, sagêdipun damêl jêne saha sawo matêng botên sarana kasodhah, saha sadaya wau sagêd dipun tindakakên miturut wêwarah ing nginggil.

Namung punika sêsêrêpan kula bab malitur, lêrês lêpatipun kula sumanggakakên.

Sudarma Sumaatmaja.

Bèji.

Bab Kasarasan

Usada.

Panu, panu punika saking pamanggih kula sanès bangsaning sêsakit, awit sajatosipun tiyang panunên punika raosipun pancèn inggih botên sakit, namung kalamôngsa asring gatêl. Lêrês sanadyan botên sakit, nanging saru dinulu, manawi kringêtên lajêng mlêtuk pêthak, makatên malih manawi dumunung wontên ing kulit ingkang cêmêng, saya cêtha blêntong-blêntongipun pêthak. Panu punika gampil sangêt sagêdipun nular, upami nyambut rasukanipun tiyang panunên, punika sagêd ugi kêtularan. Panu punika ingkang kathah dumunung tiyang ingkang botên rêsikan, miturut gotèkipun tiyang ingkang ahli panu, panu punika wontên kalih warni, inggih punika walur kalihan kêmbang. Panu walur punika wujudipun brêkotok sêmu abrit sajak anggêdabul, punika ingkang kêrêp gatêl, dene panu kêmbang punika wujudipun: mlêtuk pêthak, botên patos gatêl, mênggah usadanipun gampil kemawon, inggih punika tumbasa walirang pangaos satêngah sèn, atal saha sêkar kênanga ijêm pangaos nyatunggal sèn, kalihan godhong pandhan wangi kintên sapapah alit, lajêng dipun pipis mawi kawoworan toya sawatawis, supados sagêd litrêg-litrêg, sasampunipun makatên lajêng sabên badhe mapan tilêm sontên, dununging panu-panu wau dipun lèlètana usada ingkang ngantos waradin, lajêng kaagêmana rasukan ingkang awon-awonan kemawon (manawi rasukan sae eman-eman, mindhak anggônda walirang). Rambah kaping sakawan dados inggih sakawan sontên, insaallah sampun mantun. Namung tumrap panu walur punika sadèrèngipun dipun lèlèti usada, kêdah dipun gosok godhong kêtèpèng rumiyin ingkang ngantos abrit, enjing sontên kêdah siram lan kosokan ingkang rêsik.

Cêguk.

Cêguk punika botên sakit nanging saru saha ngribêdi, ingkang ribêd punika botên namung ingkang cêgukên, dalasan ingkang mirêngakên ugi ribêd, sabên-sabên gak-guk, tanpa irama. Cêguk makatên beda kalihan cêkik, tiyang cêkikên punika

--- 1220 ---

adatipun jalaran saking kaduk anggènipun nêdha pêpêdhês, upaminipun nêdha sambêl sapulukan saprungkal, dados pêdhêsipun ngêgèt, lajêng cêkikên, suwaranipun mak koik-koik, botên kenging dipun ampêt, nanging samôngsa pêdhêsipun sampun suda utawi lajêng dipun ombèni: mantun. Beda kalihan cêguk, cêguk punika asring botên kasumêrêpan jalaranipun, trêkadhang tangi tilêm, trêkadhang bibar nêdha lajêng cêgukên, gak-guk gak-guk, ngantos tiga utawi sakawan dintên dèrèng mantun, salêbêtipun tilêm inggih gak-guk ngribêdi. Cêguk makatên punika usadanipun gampil kemawon, angêmuta toya sakêbaking tutukipun, lajêng lomponganing talingan kalih pisan dipun buntêtana sarana driji panuduhipun piyambak ingkang ngantos rapêt sangêt, ngantos botên mirêng barang-barang, sasampunipun botên mirêng barang-barang, toya ingkang sampun kaêmut wau dipun ulua kangkekangge. tigang clêgukan, dilalah saking daya patrap makatên wau kathah-kathahipun kaping kalih rambahan sampun sagêd waluya.

Kula nun, anggèn kula nyêla-nyêla punika bêbasanipun namung nêtêpi wajibing ngagêsang, têmbungipun Arab amar makrub.

Wassalam, saking kula Pakne Gumbrêg.

Ing dhusun Kuwiran, Banyudana.

Pinggir sagantên Jawi Kilèn

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun margi saantawisipun Anyêr - Mêrak.

--- 1221 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Sumbangan.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 75.

Garèng: Mungguh kandhamu kang kapungkur, sumbangan nuwuhake: ati kêmlungkung, karoyalan, jor-joran, lan sapiturute, kuwi pancèn iya ana bênêre, nanging nèk nitik mulabukane ana sumbangan, pancène utama bangêt. Awit anane sumbangan kuwi mung arêp ngatonake karukunan, karêpe arêp amitulungi wong kang sèkèng, mulane carane nyumbang iya ora sarana nganak-anakake, nanging mung sakolure bae. Nèk duwene mung bêras, sing disumbangake iya bêras, duwene pitik, iya pitik, dene yèn ora duwe apa-apa, sing disumbangake iya bau-sukune.

[Grafik]

Petruk: Pancèn iya akèh lêlakon ing Kajawèn kene sing mulabukane katon bêcik bangêt, nanging wusanane mêlok bangêt: Bathari Durgane. Kaya ta upamane: dhèk biyèn ing tanah Jawa kene diêdêgake pakumpulan campuran, têgêse: sing dadi warga kuwi iya bôngsa mônca, iya bôngsa wong bumi, tur wonge bumi sing akèh bôngsa luhur-luhur bae. Ing sakawit sêdyaning pakumpulan mau pancèn iya bêcik bangêt, yaiku: arêp agawe têntrêming praja, arêp ngajokake wong bumi, arêp ngumbulake darajading wong bumi, lan sapiturute, cêkake sing disêdyakake kabèh kuwi agawe ngilêring wong bumi, nanging saikine jêbul katon mêlok bangêt, yèn sêdyaning pakumpulan mau ora liya mung: Lela-lela wis turua / wong abagus sira ywa tangi-tangi / cik êbèn tansah lumintu / mêmitran lawan ingwang / ... //

Garèng: Wiyah, iya ora jangji aku, yèn banjur ngrêmbug sing ora-ora mêngkono. Wong ngomongake bab sumbangan, kok banjur: mampir mas, mampir yêm, mêngkono. Wis, saiki padha dibanjurake rêmbugane, dadi ing mulabukane, yèn ana wong duwe gawe, nèk pancèn ora duwe apa-apa, iya kêna nyumbang bau-sukune.

Petruk: Ora mung jaman biyèn bae, Kang Garèng, sanadyan saiki pisan, iya isih ana wong sing sok nyumbang bau-suku. Nanging dayaning jaman [jama...]

--- 1222 ---

[...n] mata dhuwitên kiyi, wong nyumbang bau-suku iku, sanadyan sok mèlu kangelan têmênan, sing akèh-akèh ora kok banjur katrima, nanging nèk ora kabênêran malah sok dierang-erang. Upamane bae dening sing duwe gawe diucapake mangkene: Kang Naya kae, rak ora rewang ora rèwèng, nanging mung ngêndon mangan bae, malah nèk kalimpe sok anggawani mulih.

Garèng: Saakèh-akèhaning uwong têmtune iya ana sing duwe tindak mêngkono kuwi, nanging rak iya ora kabèh, sing akèh-akèh anggone rewang iya kanthi sucining ati, dadi sing duwe gawe mau wajibe iya kudu tarima kasih, ora mêsthine yèn banjur ngerang-erang, anganggêp anggone nyumbang bau-suku mau jalaran saka sêpining phulus. Wis, Truk, padha dibanjurake manèh. Dadi ing sakawit anane sumbangan kuwi pancèn bêcik, lan murakabi tumrape wong akèh, apa manèh tumrape wong sing pancèn sèkèng, mula ya gêdhe bangêt gunane. Nanging suwe-suwene wong-wonge banjur padha golèk kapenake, katimbang lunga jagong nyangking barang, bêras, pitik, lan sapêpadhane, rak luwih ringkês nyangking dhuwit. Nang pandêlêngan iya ora katara, tur brêgas, barêng sumbangan warata wus awujud dhuwit, suwe-suwene banjur thukul: tindak kêmlungkung, gagah-gagahan, jor-joran. Rumasane saya akèh dhuwit sing disumbangake, saya katon: brêgas, garang, sugih, prawira, andhèthèng.

Petruk: Apa manèh, Kang Garèng, yèn sing disumbang kuwi pandhuwurane, wèh, anggone nyumbang iya saya diantêp têmênan. Rumasane kiraku, saya akèh sumbangane, iya saya katrima pagaweane. Mulane ing jaman biyèn kuwi, nèk dadi priyayi gêdhe, kok banjur duwe gawe, iya kêna dilakoni têmênan. Hla, kêpriye, wong sumbangan têkane ngarêp buri. Aku dhewe wis tau ngalami, Kang Garèng, ana wêdana kagungan gawe, wah, kuwi pancèn iya kêpenak bangêt larase. Sasasi sadurunge kagungan gawe, anggêre ana wong bawahe sing ngadhêp, banjur didhawuhi mangkene: besuk dina anu tanggal anu, aku arêp ngijabake anakku wadon, Radèn Ajêng Mas Mirah, lo, kuwi masa bodhoa kowe kêpriye mêngkono. Hara, Kang Garèng, turne mung ngandika mêngkono, nanging barêng saminggu sadurunge anggone kagungan gawe, iya wis pating jrêdhul sing padha sowan, iya: sapi, kêbo, wêdhus, pitik, kobis, sayuran, bêras, lênga lan sapiturute, nganti sabubare kagungan gawe, dèn ayune wêdana sêtaun ora tau ngambah pasar, iki durung kêpetung sing awujud: glindhing, glindhing ...

Garèng: Iya, iya, nèk jaman biyèn pancèn iya bisa kalakon kang kaya mangkono kuwi, awit kalane jaman samono, wong cilik tumrap priyayine isih kumawula bangêt, ngrumasani yèn priyayine dadi bapa babune, ngrumasani: rina wêngi tansah dijaga barang darbèke, diayomi, diêmong lan sapiturute, mulane barêng bapa babune mau kagungan gawe, iya padha mrêlokake ambantu sakuwat-kuwate minôngka nuduhake katrêsnan lan kumawulane marang bapa babune mau. Nanging nèk saiki ana priyayi duwe

--- 1223 ---

tindak mangkono, iya sida dibêskwèl urip-uripan têmênan.

Petruk: Kang Garèng, omongmu kiyi arane ora urus bangêt, awit kowe banjur sajak andakwa marang priyayi jaman saiki, yèn wis ora dadi bapa babuning wong cilik manèh. Kok dakwa, yèn wis ora ngayomi, ora ngêmong utawa ora anjaga barang darbèke wong-wong kukubane manèh. Kliru, Kang Garèng, kliru, yèn mangkono pandakwamu. Pagaweane priyayi saiki karo biyèn kuwi ora ana bedane: ya kudu ngayomi, ngêmong, anjaga, nata tata têntrême kukubane, lan sapiturute. Bedane priyayi saiki karo biyèn kuwi mung saêbab, yaiku kabèh kabrêgasan, kaprawiran, kabagusan, kacanthasan, kuwi kabèh dhèk biyèn sing kagungan ngêmungake: dara priyayi. Nanging nèk saiki sing dimonopoli dening priyayi, têgêse: sing dadi haking priyayi dhewe, kuwi: kabèh sing ora kêpenak ora kêpenak bae. Wis pagaweane kêtêkuk ringkêl satêngah mati, kathik dening sawênèhing bangsane dhewe didakwa sing ora enak ora enak, kanthi ora dipikir kaya apa ing têmbe burine, yèn jalaran saka pangerang-erang mau, bangsane dhewe banjur padha ngêmohi marang pangkat kapriyayèn, kang anjalari banjur bôngsa liya sing kudu dadi priyayi. Nanging rêmbuge padha dilèrèni samene dhisik, liya dina tak caritani alane wong nyumbang cara jaman modhèrên kiyi, yaiku sumbangan sing awujud Cadeautjes.

[Grafik]

Ing nginggil punika sêsawanganing palabuhan ujung Surabaya.

--- 1224 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah.

Arta salaka

Wontênipun arta salaka ingkang kakintunakên saking nagari Walandi dhatêng Indhonesiah tansah lumintu. Kapal Insulinde ambêkta f 800.000. Kapal Baloeran ambêkta f 600.000.-, tuwin kapal Prins der Nederlanden ambêkta f 2.000.000.-. Sadaya sami katujokakên dhatêng kantor arta nagari Surabaya, badhe kabage dhatêng Indhonesiah sisih wetan. Ingkang sampun, Makasar angsal f 1.000.000.-, Mênadho f 400.000.-, tuwin Banjarmasin f 200.000.-. Makatên ugi bab nyirnakakên arta gobog ing Bali, sapunika sampun angsal 120.000 kilogram, saha sampun kaluluh.

Parêpatan kabangsan Jawa

Kala ing dintên Ngahad tanggal 7 wulan punika, pakêmpalan kabangsan Jawa ing Madiun parêpatan wontên ing Panaraga, damêl propagandhah umum, manggèn ing griya P.H.I.S. Kathah ingkang sami anjênêngi.

Bab sudaning pamêdal

Residhèn ing Malang nindakakên papriksan ing bab sudaning pamêdal tumrap têtanèn ing parêdèn, kapiridakên saking mandhaping rêrêgèn kopi. Mirid saking asil siti pribumi kemawon sampun suda f 700.000.-, manawi kagêlêngakên kalihan sudaning panyadean gêndhis, ing taun 1930 punika sudaning pamêdal wontên f 1.000.000.-

Lindhu ing Mênadho.

Kawartosakên, kala tanggal 11 wulan punika ing Amurang wontên lindhu, laminipun 1½ mênit. Têtiyang ingkang manggèn ing pasisir sami lumajêng, wontên pasitèn sacêlaking sungapan ambêlêg. Ing dalu tansah karaos lindhu, ngantos andhawahakên barang ingkang gumlethak. Tanggal 12 dalu, antawisipun jam 2 tuwin 4 sasampunipun wontên jêblosan, katingal wontên latu ing sagantên, katingalipun urut-urutan, lajêng wontên lindhu malih dipun sarêngi swara gumludhug salêbêting siti. Wontênipun lindhu sampun kaping 40. Asistèn residhèn Oberman papriksa dhatêng ing Amurang. Wontên pintên-pintên pakampungan ingkang têtiyangipun sami kesah, padhusunanipun lajêng dipun jagi ing pulisi. Kasangsaran botên wontên, sababing lindhu kakintên jalaran saking rêdi latu salêbêting sagantên utawi saking rêdi latu sisih kilèn.

Tamu warga-warga parlêmèn Jêpan ing rad kawula.

Kala ing dintên Sabtu kapêngkêr wontên warga parlêmèn Jêpan cacah 7 dipun irid ing kongsul, para tamu dhatêng gêdhong rad kawula, dipun panggihi dening pangarsa rad kawula paduka Tuwan J.W. Meyer Ranneft. Jam satêngah satunggal para tamu wau dipun aturi dhahar kêmbul wontên ing sositit kongkordhiah. Sabibaring dhahar, para tamu lajêng bidhal wangsul dhatêng Jêpan. Para tamu dhatêngipun ing ngriki prêlu anjêmbarakên sêsêrêpan.

Odhènsi.

Benjing dintên Rêbo tanggal 1 Oktobêr, kangjêng tuwan ingkang wicaksana lênggah odhènsi wontên ing pura konêngsêplèin, wiwit jam 9 enjing. Sintên ingkang nêdya badhe sowan, ing sadèrèngipun kêdah ngaturi sêrat dhatêng Adjudant van Dienst kasèp-kasèpipun wontên ing tanggal 26 Sèptèmbêr, mratelakakên nama ingkang cêtha tuwin punapa sêdyanipun.

Lampahing sêpur kilat karikatakên.

Wontên pawartos, wiwit benjing tanggal 1 Nophèmbêr 1930 lampahing sêpur kilat ingkang mangetan kaajêngakên 25 mênit, dene ingkang mangilèn kaajêngakên 15 mênit, sagêdipun tumindak makatên, jalaran ngirangi wancining kèndêl ing sabên sêtatsiyun, saya tumrapipun wontên ing Kroya, sudanipun kathah, sagêd anggampilakên sambêtipun kalihan sêpur sanès. Wontênipun sêpur ingkang mangetan sagêd langkung suda kathah, awit wontênipun ing tanah Priyangan lampahipun mangandhap, kosokwangsulipun ingkang mangilèn lampahipun minggah.

Ngawisi mêndhêt kuli malih.

Wontên kêkancingan saking gupêrnur jendral, anyuwak kêkancingan ingkang marêngakên mêndhêt kuli tumrap kabudidayan limbaran tuwin ubèrta, gadhahanipun kiltirmatsêkape Indrapura, Sumatrah. Dados wiwit sapunika botên kenging ngintunakên tiyang.

Bang kabangsan Indhonesiah.

Ing bab anggèning bang kabangsan Indhonesiah nyuwun kapriksa dening Centrale Kas, adamêl tuwuhing panggagasipun tiyang kathah. Nanging mênggah sajatosipun, bab badhe tindak makatên wau namung prêlu kangge mêlèhakên panggrunêngipun sêrat kabar pêthak, dening nguwatosakên dhatêng arta ing bang wau gadhahanipun tiyang kathah. Dados anggèning bang kabangsan nêdha dipun priksa, prêlu nyingkiri pandakwa awon, awit wontênipun namung sarwa ngêblak.

Kraman alit.

Ing dhusun Klêpu, ondêr dhistrik Sudimara, Pacitan, wontên kêmpalaning tiyang kèrêm ing agami, ingkang dpun pangagêngi tiyang nama Kramadirêja, [Krama...]

--- 1225 ---

[...dirêja,] nyariyosakên, bilih piyambakipun linangkung, botên mêmpan dêdamêl, tuwin ngakên utusaning Pangeran. Jalaran saking pamiluta, kathah tiyang ingkang sami korup. Wontên tiyang jalêr 40 èstri tuwin lare-lare 90 sami dipun ajak dening Kramadirêja dhatêng pucak rêdi alit, badhe dipun wulang bab agami.

Asistèn wadana ingkang ambawahakên, sarêng mirêng bab punika lajêng nyatakakên, nyarêngi kala badhe bidhalan, saha suka pêpèngêt, nanging tanpa damêl. Ing ngriku Kramadirêja kêtingal nyêpêng dhuwung ligan, tiyang sanès-sanèsipun sami sikêp dêdamêl. Wusana lajêng kalapurakên dhatêng pangagêng nagari. Asistèn residhèn tuwin ingkang bupati sami rawuh, kanthi punggawa sanès-sanèsipun. Dumuginipun ing papan kraman, têtiyangipun sami wontên ing guwa, Kramadirêja lajêng mêdal, ngakên nama Ratu Darawati, saha nantang-nantang pulisi. Pulisi lajêng nubruk, Kramadirêja nandhingi, wusana Kramadirêja kenging kapêdhang, andadosakên tiwas. Pulisi sanèsipun, lajêng malêbêt ing guwa, tarung kalihan tiyang ingkang taksih wontên ing guwa, wontên pulisi agèn kalih tuwin juru sêrat dhusun nandhang tatu. Golongan kraman tiwas satunggal. Sanès dintên tuwan residhèn Panaraga rawuh. Wusana têntrêm malih.

Miyarakên têbaning J.I.B.

Kala tanggal 17 wulan punika, Tuwan Kasman, pursitêr tuwin Tuwan Muhamad Rum, komisaris J.I.B. sami sêtudhèn pamulangan luhur dhoktêr, bidhal dhatêng Sumatrah, prêlu badhe miyarakên têbaning J.I.B. Kathah nagari ingkang badhe dipun dhatêngi. Kajawi prêlu wau, ugi nindakakên damêl ingkang gêgayutan kalihan pangajaran.

Pangiritan atêgês munduring kabudidayan.

Kabudidayan karèt ing Cimatis, Sidhanglangka tuwin Pasirbogor, sami bawah Sukabumi, nyuwak tumindaking nêrês karèt, mawi angèndêli punggawa tiyang siti 50 dumugi 70 prêsèn. Makatên ugi kabudidayan karèt gupêrmèn ing Sêrpong, ugi badhe ngèndêli punggawa sapratigan, sami punggawa juru têrês.

Asiah.

Bôngsa Kurdhistan kèngsêr.

Angora 15 Sèptèmbêr (Aneta-Nipa). Wadya Turki sagêd ngèngsêrakên bôngsa Kurdhistan ing rêdi Ararat ingkang sami ambalela. Tindaking wadya Turki kados waringutên, tansah anglajêngakên ngubêr-ubêr.

Eropah.

Pambalela mawa tatanan.

Parijs 15 Sèptèmbêr (Aneta-Nipa). Wontên katrangan saking parentah, bilih wontênipun pambalela ing Anam lèr panglawanipun katingal anggawokakên, têtela botên ngêmungakên anggènipun damêl arak-arakan kemawon, nanging panêmpuhipun dhatêng kitha-kitha, kalêbêt kitha Vinh ugi sae. Tindakipun wau kakintên saking dipun bêbaluhi juru bêbaluh saking Moskou.

Tindak nyirnakakên madat.

Geneve 15 Sèptèmbêr. Kintên-kintên benjing taun 1931 dipun wontênakên konprènsi wigatos kaping 2, sapisan ing bab ngirangi pandamêling cocaine, morphine tuwin sanès-sanèsipun, ingkang bangsaning ambêbayani. Kaping kalihipun anindakakên langkung kêncêng nyêgah sês candu ing Asiah Wetan. Konprènsi wau badhe katindakakên sasampunipun tampi palapuran saking komisi Volkenbond ingkang ugi badhe dhatêng ing tanah Jawi.

Wangsulan saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 508 ing Tanjungpriuk, tanggal 16 Siyam Be 1848 dhawah ing dintên Rêbo Paing, tanggal 26 Juni 1918.

Lêngganan nomêr 4425 ing Wanagiri. Adrèsipun sêrat kabar Jênggala, Djamboeweg 64, Surabaya.

Lêngganan nomêr 4759 ing Banjarmasin. Tanggal 11 Sura Be 1832, dhawah dintên Ngahad Lêgi tanggal 20 April 1902.

Lêngganan nomêr 4450 ing Sêmarang. Tanggal 17 April 1895 dhawah dintên Rêbo Paing tanggal kaping 21 Sawal Wawu 1824. Sêrat Yudagama botên kasade, namung kangge bibliotik. Graaf de Monte Cristo, wontên nêm jilid, sadaya rêgi f 3.-

Kawigatosna.

Miturut pawartos ingkang kenging dipun pitados, waragading lampah minggah kaji saking Judah dumugi wangsulipun dhatêng Judah malih katêtêpakên dados 22 paon (jini). Arta sêsêgah ingkang kêdah kabayarakên dhatêng sèh badhe kaindhakakên, ingkang rumiyin 6 paon, dados 8 paon. Bab punika supados dipun wigatosakên dhatêng para ingkang sami minggah kaji, sampun ngantos kacupêtan sangu wontên ing Mêkah.

--- 1226 ---

Wêwaosan

Sêrat Ramayana

15.

[Pangkur]

myang ngucap maring kukila / wêwartaa marang Rama tumuli / dènnya dhinustha ing diyu / nata yaksa ing Langka / tan antara sang putri mulat Jathayu / yèku nataning garudha / kang lagya nendra nèng uwit //

sang putri nulya sêsambat / natèng kaga mrih suka mitulungi / garudha nulya sumêbut / ngêtut lampahing rata / lan mêminta mring Rawana pinrih emut / nanging Rawana sakala / malah akrodha mawrêdhi //

kang paksi nulya tinrajang / dadya rukêt apêrang silih ungkih / Jathayu asor kasambut / gumêbrug nèng bantala / Sri Rawana bablas anglajêngkên laku / sumêbut marang ing Langka / yayah sumiyut ing angin //

saya èmêng Dèwi Sita / tanpa daya dènira mèt pambudi / saking kawasaning diyu / singa arsa lumawan / tan antara wus kèlês kasoran pupuh / kadi nataning kukila / datan pisan mitayani //

Sita nulya darbe cipta / andhawahkên binggêl tumibèng siti / myang sangsangan êmas murub / rinucat saking jôngga / binucal mring kisma mrih janma sumurup / lan kêni minôngka tôndha / katur marang Rama nuli //

Sang Sita nulya umiyat / kang wre gangsal samya anèng wanadri / Sita nulya ngrucat kudhung / sutra jênar kumilat / sinawatkên kumaleyang lir dinamu / kang wre pinrih angalapa / mring kudhungira sang putri //

lawan nuli dèn aturna / mring Sang Rama mrih gita anututi / miwah wruh tujuning laku / dènnya Sita dhinustha / ing wusana lampahing rata sumiyut / mindha alap-alap ngampat / nulya anjog Langka puri //

sang putri nulya pinrênah / anèng pura adi kang wus pinilih / rinêksa parêkan diyu / tan pisah lan Sang Sita / dahat suka Sri Rawana duk ing wau / dene mangkya kalampahan / gampil andhustha mêmanis //

VII. Sang Sita wontên ing Langka.

[Dhandhanggula]

Dèwi Sita dahat ing kaswasih / anèng pura raos kinunjara / cèthi kang dadya kanthine / tan pisan wèh pangimur / rêrêngganing pura kang adi / malah mangkin angrisak / mring panggalih ngêjur / tanapi swara araras / mung arasa bêbêndu ngrêrusak ati / saya karasa-rasa //

Sang Rawana dupi wanci enjing / wus angira kalamun sang rêtna / mangkya lipur panggalihe / awit ing ciptanipun / Sita mangkya karêgêm aji / tangèh darbea cipta / bangkit antuk tulung / tan wun mung srah jiwa raga / mring sri nata marma Rawana mrêpêki / kanthi sumèhing netya //

nulya nabda ririh mring sang putri / ingaturan anjajah mring pura / mrih uninga sadayane / punang kadhaton agung / kang kèbêkan sarwa mêmanik / rinêngga-rêngga ing mas / cahyanira mancur / ngupayaa tribawana / datan ana kang nyami tanapi mirib / lawan pura ing Langka //

Sri Rawana pratela tumuli / ananira pura praja Langka / samya kancana sakane / jandhela nyêla mungkul / katon mêmplak sakala putih / ingapit gadhing seta / araras dinulu / gapuranira rinêngga / sarwa sotya sumirat ambalêrêngi / rêbut sorot lan surya //

têtemboking pura anyoroti / gêbyar-gêbyar tan pae sêsotya / rinêngga-rêngga asae / yèku gêdhah winangun / gêgambaran mawarni-warni / yêkti tanpa kuciwa / sagon-ênggon murub / sawarnining palênggahan / sarwa êmas rinêngga-rêngga sotyadi / miwah sarwa salaka //

linambaran ing baludru abrit / ngêngrêngira mawèh kasamaran / ing sêmu ambagèkake / maring kang lagya rawuh / kaparênga nuli nglênggahi / tindakira Rawana / duk samana rawuh / unggyaning bangsal kancana / kang umèsi dhampar palênggahan aji / dahat raras rinêngga //

dhamparira gêgadhing ingukir / sinêlanan kang sarwa kancana / munjuli dhampar kabèhe / Rawana nulya muwus / marang Sita sarwi nêdahi / yayi sira parênga / nômpa dhampar iku / môngka palênggahanira / lan tampanên donya sajêroning puri / agêmên kalangênan //

nulya laju sang putri dèn iring / maring taman dahat rarasira / tan môntra-môntra ginawe / kadi taman tumurun / datan pae raras swargadi / kèbêkan sarwa sêkar / kang adi kalangkung / anggônda amrik angambar / samya nêdhêng umêkar arum mratani / kadi angukup taman //

sagon-ênggon wowohan andadi / pêlêm-pêlêm ambiyêt dhompolan / wus samya ajêne-jêne / kadya minta dèn undhuh / jambu abrit pindha ngèsêmi / maring kang lagya prapta / pang-pang kang tumiyung / kèbêkan pêksi sasaba / samya ngocèh araras ngênani ati / lir nambrama Sang Sita //

Sri Rawana nulya angrungkêbi / mring padaning sang dèwi lan ngucap / dhuh-dhuh gustiningsun dhewe / kabèh kaananipun / purèng Langka sun srahkên yêkti / lamun sira sambada / dadya garwaningsun / dhuh-dhuh yayi sumurupa / amung sira wanodya kang ingsun pundhi / sun puja pindha dewa //

apan lagya katêmbèn puniki / ingsun tundhuk marang ing wanodya / kang pancèn dudu bênêre / yèku sajatinipun / saking dahat gon ingsun asih / sakala Dèwi Sita / mung sumèh ing sêmu / tan pisan katon tan rêna / nanging panggah datan arsa nambadani / kaparênging narendra //

sabdanira wruhanta sun iki / garwanira sang satriya Rama / kang têtêp ing salawase / paran gon ingsun nurut / marang sira kang tindak juti / hèh Rawana èngêta / ingsun wèh pêpemut / sira yogya ngèlingana / aywa adrêng dènira atindak sisip / sira datan kawawa // (Badhe kasambêtan)

--- [1227] ---

Ôngka: 77, 29 Rabingulakir Taun Jimawal 1861. 24 Sèptèmbêr 1930, Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm: tigang wulan ... f 1.50. Bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Kitha Paris

[Grafik]

Gambar nginggil punika sêsawanganipun kitha Paris, dipun tingali saking manara.

--- 1228 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja Ind. Arts ing Kudus

Griya pamragatan (abattoir).

Ing kitha-kitha ingkang sabên dintên ajêg mragat kewan kathah, prêlu dipun wontêni griya pamragatan (abattoir).

Ing kitha-kitha agêng sampun masthi griya pamragatanipun dipun damêl sae, saha tumrap prabotipun kangge mriksa pêpak, kados ta: microscoop, trichinoscoop lan sapanunggilanipun. Ing kitha alit inggih prêlu dipun wontêni griya: abattoir wau, nanging botên pêpak kados ing kitha agêng.

Griya abattoir ingkang nêtêpi pranatan ingkang lêrês, jrambahing griya kêdah bêton utawi sêmèn, langkung sae manawi ngangge tègêl, ingkang mawi lingir-lingir wontên kalenanipun. Anggènipun masang utawi nêrapakên tègêl kêdah rapêt, botên kenging anggronggong utawi rênggang, awit manawi botên rapêt, samôngsa rêrêgêd nalêsêp ing ngriku tansah andadosakên kèndêlipun rêrêgêd. Jrambah kêdah kadamêl miring, têngah inggil, pinggir sisih kiwa têngên andhap, sambêt kalenan ing pinggir, prêlunipun êrah lan toya sagêd mili dhatêng pinggir, salajêngipun anjog dhatêng sumur (zinkput). Sumur zinkput punika kêdah têbih saking griya-griya saha saking abattoir, langkung prayogi manawi rêrêgêd (êrah lan toya) sagêd mili anjog ing septictank, inggih punika panggenan pambucalan rêrêgêd wau, warni blumbangan pêsagi mawi tembok sêmèn. Ing septictank rêrêgêd sagêd dados rêsik, têgêsipun rêrêgêd ing ngriku kenging dayanipun baktèri (rottingsbacterie) manut èlmu pamisah sagêd dados rêsik. Cêkakipun rottingsbacterie wau sagêd nanggulangi baktèri utawi baksil sanèsipun, ngantos baksil sanès sagêd kawon dados risak sirna, janji ing septictank botên kalêbêtan carbol, creoline utawi sanèsipun ingkang prêlunipun kangge nawa, awit manawi rottingsbacterie kenging creoline utawi sanèsipun sagêd dados pêjah sirna lajêng botên sagêd nanggulangi baktèri sanès ingkang tumrapipun dhatêng tiyang saras ambêbayani.

Rèhning septictank wau migunani sangêt kangge nawa utawi nanggulangi ingkang wontên ing rêrêgêd ingkang tumrapipun dhatêng tiyang ambêbayani, mila prêlu sangêt sêsukêr-sêsukêr tiyang ingkang wontên ing jamban (W.C.) dipun tawa sarana kadamêlakên septictank ingkang sambêt kalihan jamban wau, kados ingkang sampun kêlimrah ing kitha-kitha agêng, manut pranataning pakaryan kasarasan.

Pagêr griya abattoir kêdah tembok, inggilipun 2 mètêr, ing sisih nglêbêt tembokipun kêdah alus, klimis, langkung sae mawi tègêl, ingkang alus lan tembok wau sabên dintên kêdah dipun rêsiki. Ingkang prêlu sangêt punika toya kêdah nyêkapi lan rêsik. Punapa malih griya abattoir punika kêdah padhang lan hawa sagêd gampil mlêbêt mêdal, mila lawang lan jandhela kêdah wiyar, utawi [uta...]

--- 1229 ---

[...wi] nginggil tembok kêdah kadamêl ram-raman, pyan inggil kadamêl sungsun, dados hawa gampil mêdal lan mlêbêt.

Kewan ingkang badhe kapragat, sadèrèngipun kêdah kèndêl ing kandhang, ananging kaangkah kewan-kewan wau sampun ngantos sagêd ningali kancanipun wêkdal kapragat.

Griya abattoir punika kaperang a. sênthong kangge mragad, ngêlèti lan ngêdalakên jêroan b. sênthong kangge ambêdhèl utawi murak daging kewan ingkang sampun kapragat dados kalih. Sênthong punika kêdah mawi kawat ngangrangan. Ing kitha agêng mawi kamar asrêp, prêlunipun kawat ngangrangan wau, kangge anjagi murih lalêr botên sagêd ngrubung daging. Daging kenging dayaning asrêp, botên sagêd enggal risak, mambêt utawi bosok, c. sênthong kangge ngrêsiki jêroan iso lan sapanunggalanipun.

Sênthong-sênthong wau kêdah kasinggêt, supados ingkang kagarap ing satunggil-satunggiling sênthong botên sagêd katingal. Ing sacakêtipun griya abattoir kêdah wontên blumbangan tembok sêmèn, prêlunipun pambucalipun rêrêgêd, kados ta talethong utawi sanèsipun, sagêd cakêt lan gampil. Rêrêgêd-rêrêgêd wau kenging dipun bêsmi utawi kangge ngurug panggenan ingkang lêdhok-lêdhok. Ing kiwa têngênipun griya abattoir, rêrêgêd-rêrêgêd punika asli saking kewan ingkang kapragat, inggih punika têtêdhan ingkang dèrèng ajur utawi têlethong ingkang andadosakên kathah lalêr, mila pambucalipun ingkang têbih saking griya lan rêrêgêd wau kaurugana siti kandêlipun ± 20 sèntimètêr, prêlunipun supados lalêr sampun ngantos manggèn nigan lajêng tangkar-tumangkar ing ngriku.

Dene wontênipun tiyang sami karêm nêdha daging punika sajatosipun pancèn eca, kajawi punika daging wau ngandhut sari pêthaking tigan, gajih lan sanès-sanèsipun kathah, ingkang migunani sangêt tumrap badan manungsa utawi kewan sabangsanipun.

Wara-wara

Ngaturi uninga dhatêng para priyantun lêngganan Kajawèn, benjing tanggal kaping 25 wulan punika, administrasi ngintunakên blangko pos wisêl dhatêng para priyantun lêngganan ingkang dèrèng ambayar rêgining Kajawèn tumrap kuwartal kaping sakawan ngajêng punika. Panuwunipun administrasi dhatêng para priyantun ingkang sami nampèni kintunan wau, mugi kaparênga tumuntên ngisèni saha ngintunakên artanipun kados adat. Tumrap para priyantun lêngganan ingkang dêdalêm ing tanah Jawi tuwin Madura, administrasi badhe nyarantosakên pambayaripun ngantos tanggal 15 Oktobêr, dene tumrap ingkang dêdalêm ing tanah sabrang, ngantos tanggal 31 Oktobêr ngajêng punika. Langkungipun saking titimôngsa wau, manawi dèrèng ngintunakên bayaran, badhe botên kakintunan Kajawèn malih.

Adm.

--- 1230 ---

Wawasan Nagari Mônca

Kamisuwuraning praja Jêpan.

Para maos kados sampun botên kasamaran malih dhatêng wawasan ing bab kamajênganipun nagari Jêpan. Sanadyan kala rumiyin ucap-ucapan Jêpan punika sampun dumugi tanah Jawi, nanging dèrèng kasumêrêpan wujuding têtiyanganipun, mila inggih botên wontên ucap ing bab kamajênganipun nagari Jêpan.

[Grafik]

Pangeran Takamatsu kalihan putri Kikuko nalika tumêdhak saking kapal.

Nanging sabibaring pêrang nagari Jêpan kalihan Rus, bôngsa Jêpan wau lajêng andêdêl misuwuripun, mèh ing pundi-pundi wontên tiyangipun Jêpan, dene têtiyang bôngsa Jêpan wau sumêbaripun dhatêng laladan sanès sami adhêdhasar lampah among dagang, lan padaganganipun ugi sagêd majêng, dados katingalipun bôngsa Jêpan wau wontên Indhonesiah sêsarêngan kalihan sumêbaring padaganganipun. Mênggahing kawontênanipun barang padagangan Jêpan, para maos kados sampun botên kêkilapan, mênggahing awon saenipun kasumanggakakên, nanging prêlu sangêt tiyang angèngêti dhatêng kamajênganing padagangan, punika wajib dipun telad kanthi adhêdhasar kawruh among dagang.

Mirid kamajêngan ingkang samantên punika, kenging dipun wastani bilih kamajêngan Jêpan punika ngêgèt sangêt. Mênggahing tôndha yêktinipun, sagêd nitik saking [sa...]

--- 1231 ---

[...king] kawontênaning babad Jêpan. Manawi nitik saking babad, kala jaman sèkêtan taun kapêngkêr, tatacaranipun ing praja Jêpan taksih kina sangêt. Kados ta sugênging nata, namung mêmpên wontên salêbêting kadhaton kemawon, awit nata punika ugi dipun anggêp kadosdene dewa, botên kenging miyos sakarsa-karsa, lajêng kasumêrêpan ing tiyang kathah. Nanging sarêng bôngsa Jêpan kêdhêsêk daya kilenan, tatacara ingkang kados makatên wau dangu-dangu lajêng ical, tumraping nata inggih lajêng sêsrawungan kalihan tiyang sanès kados kalimrahaning nata. Ingkang wiwit nindakakên makatên punika panjênêngan nata eyang nata ingkang jumênêng sapunika.

Inggih wiwit wau nagari Jêpan ing sabên taun ngintunakên para neneman dhatêng sajawining praja, prêlu sinau kagunan warni-warni, ingkang diwasanipun lajêng dipun sêbarakên wontên ing nagarinipun piyambak. Sampun tamtu kemawon tindak kados makatên wau kados nyêngkakakên kamajênganing bôngsa, dêl, lajêng katingal sami kemawon kados praja sanès.

Sasampunipun kalampahan saya majêng, lajêng botên wontên ucap malih mênggahing bedanipun nagari Jêpan kalihan tanah Eropah, bab punapanipun kemawon sampun sagêd mapaki.

Makatên ugi bab pasrawunganipun para agung, inggih sampun botên wontên raosipun beda. Ing karangan punika ngêwrat gambaripun Pangeran Takamatsu kalihan putri Kikuko, nalika rawuh ing kitha Rotêrdham, tumêdhak saking kapal, dipun papag ing burgêmistêr kitha Rotêrdham.

Raos Jawi

Pamuji karaharjan

[Asmaradana]

kasmaran dènnya mèngêti / marang aglaring bawana / kang tan ana kuciwane / kamirahaning Pangeran / datan kêni cineda / mung tinêmu sarwa bagus / samya gumêlar sampurna //

sanadyan biruning langit / kang raras kandhanging jagad / kalamun pêtêng ginawe / dening kawasèng Pangeran / yêkti tanpa kuciwa / awit pêpêtêng kang nutup / umèsi tirta kamartan //

kang bangkit nyiram ngayêmi / thukuling kang têtuwuhan / ingkang wus raras acape / têla-têla kang malêkah / kalanira kilenan / kalêlêp minglêp kalêbu / lir kalêgan nginum toya //

kumêmbêngira kang warih / ngêtuk numusi warata / ngêjogi kang kasatan we / pangaranging kang kêkaywan / kayêman antuk siram / sirêp pêpanasing lêbu / lumèr larut amor kisma //

wohing pêpêtêng ing nguni / jatinira kamurahan / mêmayu karusakane / ywa kadaut kang bawana / koncatan ing kamartan / kalamun kongsia layu / langêning bumi mêmêla //

nanging kawasaning Widhi / tan anglulu datan nêdya / amurih bumi rusake / sawusing kaduk kang toya / dening kawasèng môngsa / sêndhang sumur pinrih surut / ywa kaduk angêmbêng toya //

tan pae raras ngratêngi / kalamun kaladuk toya / datan sae pakantuke / dene tumindaking môngsa / panyurutirèng tirta / mung mardi tuwaning tuwuh / kang tinêmu nèng wowohan //

tan prabeda pari-pari /

--- 1232 ---

wusing kêsorotan surya / kang nocogi ukurane / tinêmunira katara / têtêp aran diwaya / wulèn kang jênar tumiyung / lir minta mantuk mring wisma //

sanyata lamun mèngêti / adilira Kang Kawasa / amung aran têtêp sae / nanging jatinira janma / mung kumudu kawasa / jagad arsa dèn luk-êluk / pinardi amrih nuruta //

[Grafik]

ananging tumraping gusti / mung anganggêp kautaman / jatinira pinrih rame / awit janma nyatanira / kang ngrênggani ing jagad / angadani rukun padu / angisèni suka duka //

kadi ta candraning warni / ingkang pinêtha ing gambar / dahat raras sawangane / yèku sawangan ngalela / munggul nèng papan rata / têbaning polatan kaduk / bablas tanpa kara-kara //

tinuwuhan uwit asri / dadya payung kapanasan / ngayêmi janma ngisore / ngrasa antuk kamurahan / kala ngraras sawangan / pantês lêpasing pandulu / kalêgan tanpa kuciwa //

kala lumingsiring rawi / pandulu wênang tut wuntat / prapta anjinging srêngenge / kalamun kang surya mimba / wênang nyawang sirat bang / kang raras kadhaton urub / amadhangi kang bawana //

raras kang kadyèku yêkti / mahanani katêntrêman / nanging nyatanira dede / kang papan asri sanyata / dadya papan pajagan / yèku pra prajurit Indhu / samya pasang kaprayitnan //

mulat marang têba têbih / mawang marang mungsuh prapta / tan samar ing kana kene / dadya wus têtêp ingaran / katêntrêmaning

--- 1233 ---

jagad / anggung kisenan rêridhu / saking pakartining janma //

nanging ugi datan sisip / jatinira pasulayan / kang anggung tinêmu rame / tarlèn mung dadya dêdalan / tuwuhing katêntrêman / lamun wus têntrêm satuhu / nulya tuwuh kang rubeda //

mung tansah gilir gumanti / nanging kalamun kawasa / pinuji amrih kandhêge / duk ing kala têntrêmira / antuka panarima / mrih dinohan arubiru / têtêp ing salaminira //

Bab Tanêman

Juwawut

Mirid saking cacriyosan, juwawut punika têtêdhan ingkang baku tumrap wontên ing tanah Jawi rikala ing kinanipun, nanging sarêng tanah Jawi sampun wontên pamêdal pantun, inggih punika têtêdhan ingkang nama baku piyambak tumraping samangke, juwawut wau lajêng kantun, dangu-dangu dipun tilar sarta botên dipun paèlu babarpisan, petangipun sapunika nama sirna. Inggih ugi wontên tiyang purun nanêm sawatawis, nanging kados namung dumunung minôngka pêpasrèning têtanênmanipun ing sabin utawi patêgilan.

Mênggahing wit dalah wohipun, juwawut punika mèh kados pantun, namung las-lasanipun bundêr tur kêrêp sangêt, wah malih langkung alit, witipun inggil, mila kadhangkala sok katanêm ing sasêla-sêlaning tanêman pantun, gugon-tuhonipun tiyang Jawi, murih wohing pantunipun sagêd tiru gêmbêl kados juwawut, utawi sawênèh namung kaencokakên minôngka cihnaning anglêluri têtêdhan kina. Yèn badhe katêdha, patraping pangrimatipun botên prabeda kados sacaraning ngrimati pantun.

Saking awisipun tiyang nanêm juwawut, sapriki ngantos kathah tiyang ingkang dèrèng nate sumêrêp kadospundi wujuding juwawut, môngka ing rumiyinipun punika têtêdhan baku, nanging makatên punika botên nama anèh, sabab-sababipun inggih margi saking wontênipun pantun, awit têtiyang sampun mangrêtos bilih pantun langkung gampil rimatanipun tinimbang juwawut, lan malih langkung agêng. Ananging wontên ingkang cariyos bilih dumugi sapriki juwawut wau taksih nama dados têtêdhan baku tumrap ing tanah kapuloan Buru tuwin Borneo têngah, bab punika lêrês lêpatipun nyumanggakakên.

Wontênipun ing samangke, tumrap umumipun tiyang Jawi, juwawut wau namung dipun pigunakakên kangge têdhaning pêksi, kagantung sisih nginggiling kurunganipun pêrkutut, makatên wau wontên pamrihipun, inggih punika samôngsa pun pêksi nucuki las-lasan, irungipun sagêd ngiranngiras. kêsogok sunguting juwawut, dados wosipun anjagi sêsakit pilêrên. Mila inggih kalêbêt mikantuki ingatasing tumrap ngingah-ingah pêrkutut.

Nirrasa.

--- 1234 ---

Kawruh Sawatawis

Bab Sêsêbutan

Anyambêti kalawarti Kajawèn ôngka 55+58, nanging ing sadèrèngipun kula badhe ngaturakên bab waton-watoning sêsêbutan rumiyin.

Wiyosipun, wontênipun kula ngaturakên bab wêwatoning sêsêbutanipun bôngsa Jawi punika, kados ingkang sampun kula pratelakakên ing nginggil, awit saking katuju ing manah, dene wontên ingkang anênuntun karsa angrêmbag, bab sêsêbutan. Manawi angèngêti kawontênanipun sêsêbutan punika dumuginipun jaman samangke sampun mèh surud jalaran saking sampun sêpuh yuswanipun, sarta saking kasusuling jaman enggal. Ingkang makatên punika kula lajêng sagêd angaturakên panuwun dhatêng para ingkang sampun karsa ngrêmbag bab sêsêbutan kasêbut nginggil, ngantos kula gadhah panganggêp inggih panjênênganipun ingkang amêmungu sarta anggêgêsang dhatêng sêsêbutan punika. Sanadyan kula botên anggadhahi naluri ingkang wênang ngangge sêsêbutan, ewadene kula andhèrèk bingah sangêt manawi sêsêbutan punika karêmbag saha kalimrahakên wontên ing kalawarti, mênggah paedahipun kajawi badhe angèngêti naluri-nalurinipun kêdarahan, inggih ugi ngiras amèngêti basa têtêmbunganipun lêluhur kita Jawi, punapa malih amadhangakên ingkang sami kagungan sêdya anyumêrêpi wêwatoning sêsêbutan.

Wondene ingkang badhe kula bèbèr wontên ing kalawarti ngriki punika bab sêsêbutaning para darahing nata Jawi ingkang kangge wêwaton dumugi jaman samangke punika. Inggih punika ingkang kasêbut ing sêrat Raja Kapa-kapa anggitanipun Patih Raja Sukapa, nalika jaman jumênêngipun nata Prabu Sindhula Mêdhangkamulan ing Purwacarita, ingkang lajêng pindhah dhatêng nagari Sigaluh, nalika ing taun surya 999.

Ing sajatosipun ingkang kawênangakên ngangge sêsêbutan punika, manawi angèngêti sêrat Raja Kapa-kapa kasêbut nginggil, namung para darahing nata Jawi, kados ing ngandhap punika:

Nalika ing kina-kinanipun, jaman jumênêngipun Sang Prabu Sindhula kasêbut ing nginggil, sêsêbutanipun putra wayahing nata wau namung warni kalih:

Manawi kakung - kasêbut radèn jaka,

Manawi putri - kasêbut dèwi.

Ananging sarêng dumugi jumênêng dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping IV ing Surakarta lajêng kawangun kados ing ngandhap punika:

Putra kakung - bandara radèn mas.§ Kala jaman Kartasura sampun wontên sêsêbutan radèn mas, inggih punika Radèn Mas Garêndi.

Putra putri - bandara radèn ajêng,

Dene wayah dalêm sêsêbutanipun taksih sami kalihan putra dalêm.

Dumuginipun panjênêngan dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Pakubuwana kaping IX ing Surakarta, kaparênging [ka...]

--- 1235 ---

[...parênging] karsa dalêm Ingkang Sinuhun wau, ugi lajêng ambêsut utawi amêwahi sêsêbutanipun para darah dalêm kados ing ngandhap punika:

Grad I.

Putra

Kakung - bandara radèn mas

Putri - bandara radèn ajêng.

Diwasanipun:

Kakung - bandara pangeran

Putri - gusti bandara radèn ayu.

Grad II.

Wayah

Kakung - bandara radèn mas

Putri - bandara radèn ajêng.

Diwasanipun:

Kakung - bandara radèn mas

Putri - bandara radèn ayu.

Grad III.

Buyut

Kakung - radèn mas

Putri - radèn ajêng,

Diwasanipun:

Kakung - radèn mas

Putri - radèn ayu.

Grad IV.

Canggah kaki pangeran

kakung - radèn mas

Putri - radèn ajêng,

Diwasanipun:

Kakung - amung radèn.

Putri - taksih radèn ayu.

Grad IV.

Canggah kaki riya utawi panji

kakung - radèn bagus

Putri - radèn lara.

Diwasanipun:

Kakung - radèn

Putri - taksih radèn ayu.

Grad V.

Warèng

jalêr - radèn bagus

Èstri - radèn lara.

Diwasanipun:

Jalêr - radèn

Èstri - radèn ngantèn.

Grad VI.

Udhêg-udhêg

jalêr - mas agus

Èstri - mas lara

Diwasanipun:

Jalêr - mas

Èstri - mas ngantèn.

Grad VII.

Gantung siwur

jalêr - bagus

Èstri - bok lara

Diwasanipun:

Jalêr - bagus kenthol

Èstri - bokmas.

Badhe kasambêtan.

Panjurung.

--- 1236 ---

Volksalmanak 1931.

Tumindaking damêl babagan Volksalmanak 1931, kenging dipun pindhakakên kados jaman pasupênan.

Tamtunipun para maos maibên dhatêng cêcariyosan ingkang kados makatên wau. Murih têrangipun, mriksanana gambar punika.

[Grafik]

Mênggah têrangipun Volksalmanak 1931 punika wontên tigang basa: Jawi, Malayu tuwin Sundha, gunggunging pangêcapipun 90,000. mêgah-mêgahakên.

Kauningana, sawêg salêbêtipun sawulan langkung, Bale Pustaka sampun nyade 27,095, punika dèrèng kapetang ingkang wontên para agèn.

Kathahipun ingkang sami mundhut, sasat santêring angin, mila rêdi Volksalmanak 1931 tamtu lajêng jugrug. Mila tumuntêna mundhut.

Pèngêt.

Bale Pustaka botên niyat mambêngi para ingkang sami mundhut sarana rêmbus, namung salugu ngeman, saya ingkang namung mundhut satunggal thil, awit waragading rêmbus kemawon sampun f 0,65. Môngka manawi mundhut sarana ngintunakên arta rumiyin, namung kecalan waragad ngintunakên arta. Saya ènthèng malih manawi pamundhutipun wau sêsarêngan. Kawigatosna.

--- 1237 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Sumbangan

Sambêtipun Kajawèn nomêr 76.

Petruk: Ambanjurake rêmbuge ing bab sumbangan kang sarana dhuwit, aku saiki arêp carita nyang kowe dhisik, Kang Garèng, lumrahe ana ing ngalam donya kuwi, iya saala-alane samubarang apa bae, sathithik-sathithik kok iya sok mêksa ana bêcike, kaya ta mungguhing wong wadon, sing dicacad sabab saka dene kêbangêtên alane, upamane sabab: dêdêge cebol kêpalang. Badane anglêsung, kulitane irêng ambêsisik, rambute wis jubêl, arang kathik abang, irunge sêtrikan, dalasan lakune bae kathik ngenthog dobol, hara, wong kiyi rak wis gênah bangêt yèn sugih ala, ewadene nèk ditalitèkake, mêksa iya ana apike, kaya ta: wah, nèk wis mèsêm, bisa anggrègèlake cêpitan wiron têmênan.

[Grafik]

Garèng: Hla kuwi, nèk kowe arêp wêruh kuwasane sing paring urip. Mulane dadi uwong kuwi aja sok pisan-pisan wani ngina marang sapadhaning tumitah, jalaran saka bodho utawa kuranging kawruhe. Awit sabodho-bodhonane manusa, kuwi kadhangkala sok ana wêtuning têmbung utawa pituture kang nyamlêng bangêt. Ewasamono aku kok rada ngungun, ingatase ngrêmbug sumbangan, têka kowe banjur mak talèncèng mrono playumu, lo, kuwi kêpriye karêpmu.

Petruk: Lo, kuwi mangkene, Kang Garèng, aku rak uwis anglairake panêmuku alane sumbangan sing nganggo dhuwit kuwi, ewadene nèk dipikir dawa kok iya mêksa ana bêcike, apamanèh nèk le nyumbang sarana tombok, yaiku nèk sumbangane ditampani dening tlèdhèk, awit sapira anggone nyumbang, ing kono ora bakal kawruhan sapa-sapa, malah wong sing gêmi, ngati-ati, nèk kabênêran sok bisa olèh-olèhan, nanging ora kelangan apa-apa.

Garèng: Wèh, Truk, omongmu kang pungkasan kiyi aku kok rada ora ngrêti, ana wong jagong têka bisa olèh-olèhan, nanging ora kelangan apa-apa. Lo, kuwi kêpriye akale, nèk-nèke kêna ditiru, rak lumayan.

--- 1238 ---

Petruk: Lo, jagong ana ing panggonane wong duwe gawe kuwi, lumrahe rak mêsthi disugata: mangan, medang, panganan lan sapiturute, hla kiyi rak kêna diarani olèh-olèhan kang kapisan. Nèk tayubane diwiwiti, kenene banjur mèlu nglarihi, hla iki olèh-olèhan kang kapindho, awit ora ngêmungake bisa ngibing bae, nanging uga bisa nyenggal-nyenggol waranggane. Wong duwe gawe nganggo tayuban kuwi, lumrahe panyumbange mêtu tlèdhèk, saikine tumrape wong sing gêmi ngati-ati bangêt, nèk dhonge arêp kêtiban sampur, banjur: lus, ambolos. Hara, apa kiyi ora jênêng olèh-olèhan dhobêl, kanthi ora kelangan apa-apa.

Garèng: Wiyah, nèk tindak kang mêngkono kuwi rak ora kêna diarani gêmi ngati-ati, nanging tindak saru aliyas anylêkuthis wikrama. Jalaran saka omonganamu mau, saikine aku ngrêti sabab-sababe dene administrasining kalawarti Kajawèn duwe tindak kêras bangêt tumrap para lêngganane, yaiku: sing sapa dadi lêngganan tumêkane tanggal 15 ing wiwitane kwartal ora nêtêpi kuwajibane ambayar lêngganane, banjur dicorèk bae anggone dadi lêngganan. Ing sakawit aku pancèn andakwa, yèn administrasi mau mata dhuwitên bangêt, nanging saikine têrang yèn ora mangkono, ngêmungake kuwatir, manawa ana para lêngganan sing kagungan watak kaya wong tayuban sing ambolos sadurunge olèh sampur mau. sarèhning Kajawèn kuwi rêgane murah bangêt, rak iya rugi bêsar, ta, yèn nganti ana sing ambolos bae, mulane banjur dianani pranatan sing rada kêras mau. turne iya ana bae priyayi sing têkan tanggal 15 durung anêtêpi kuwajibane, jalarane iya ora barang-barang, mung sabab saka kalalèn bae. Lo, nèk sing mangkono kuwi, karêpku, manawa mangsane Kajawèn sowan, kèri-kèri ora muncul, bok iya aja susah lingsêm-lingsêm, têrus tindak bae mênyang kantor pos, ngirimake dhuwit f 1.50 mêngko Kajawène rak banjur clili sowan manèh. Wis, wis, kok banjur ngrêmbug sing ora-ora. Saiki padha dibanjurake rêmbugane ing bab sumbangan. Ora, Truk, sumbangan sing nganggo dhuwit kuwi ujug-ujug kok banjur ana sing kok alêm, kiraku kowe duwe karêp liya. Wong biasane Petruk kiyi anggêre ana sing dialêm, mêsthi banjur ana sing arêp dicacad.

Petruk: Rak iya têmênan, ta, Kang Garèng, wong nyumbang dhuwit kuwi nèk pancèn ora niyat dipamèrake, rak iya ora ana wong sing bakal wêruh. Kajaba ta yèn pancèn dikatonake, upamane nyumbang saringgit nganggo ditibakake: krompyang, barang kae. Lo, kiyi seje ada. Nanging yèn pancèn digawe mênêng-mênêngan, iya bisa bae, agawe supaya ora ana wong sing sumurup. Dadi cêkakane, arêpa nyumbang f 10.-, f 5.-, f 2.50, utawa powatun pisan, yèn pancèn ora niyat dikatonake, iya ora ana wong sing bakal wêruh. Seje karo nyumbang cara modhèl anyar kiyi, anggone nyumbang pancèn niyat arêp dipamèrake. [dipamèra...]

--- 1239 ---

[...ke.] Panyumbange mau ora wujud dhuwit, nanging wujud barang, kaya ta: pirantining dhahar, piranti ngunjuk wedang, piranti sês, lan sapanunggalane. Barang-barang mau kathik dikanthèni karcis asmane sing paring barang. Wuwuh-wuwuh barang-barange kiyi, dening sing kagungan gawe ora kok banjur disimpên, nanging dibèbèr ana ing meja, murih para tamu kabèh bisa anguningani. Hara, apa kiyi ora kêna diarani, sumbangan ngajak ora omah têmênan. Nyumbang barang kuwi têmtune iya isin, yèn barang sing mung rêga f 0.50 gêdhe-gêdhene f 1.- sabab barang sing rêga f 0.50 gêdhe-gêdhene f 1.- kuwi, bêgja-bêgjane iya olèh popok, utawa ... kurasi. Hara, apa iki cara modhèrên, malah ora gawe buntung bae. Wis, wis, Rèng, rêmbugane bab sumbangan padha dipunggêl samene bae, awit banjur gawe sênêping ati thok.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun kitha Rouaan, Prancis. Para maos tamtu lajêng sagêd ngintên ing bab bedaning sawangan ing tanah Eropah kalihan ngriki.

--- 1240 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès.

Indhonesiah.

Pès ing Cianjur.

Ing Cianjur wontên tiyang kalih katrajang sakit pès wudun, sami tiwas, tiyang ingkang katrajang wau upas pakunjaran kalihan ingkang èstri. Residhèn Sukabumi lajêng matah dhoktêr ingkang wajib, anindakakên rêrigên saprêlunipun.

Sêrat kabar wulanan enggal.

Ing Surabaya wontên sêrat kabar wulanan enggal, nama Warta Kemadjoean ingkang dados dhirèktur tuwin redhaktur Tuwan Boerhanoeddin.

Dipun sarap baya.

Ing kabudidayan Salatri, Lèlès, Priyangan, wontên bôngsa Walandi ambêbêdhag banthèng. Sarêng lampahipun anglangkungi lèpèn Cibiuk, rencangipun, tiyang nama Cece, dipun sarap ing baya ingkang ngincih wontên ing dharatan, ugi kenging dipun pitulungi, nandhang tatu rêkaos, saha kalajêng pêjah. Saking pambudidayanipun tuwan administratir ing kabudidayan wau lajêng badhe nyirnakakên bêbaya ing ngriku, awit pancèn kathah tuwin kêrêp damêl kasangsaran.

Kamajêngan Taman Siswa.

Pangagênging Taman Siswa sampun anyondhongi badhe adêging pamulangan Mulo 4 panggenan, ing Malang, Surabaya, Ngayogya tuwin Bandhung. Lan malih Kweekschool 2 panggenan ing Batawi tuwin Ngayogya.

Pangantèn bôngsa agêng ing Surakarta.

Putri dalêm Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya ing Surakarta, sampun kalampahan dhaup kalihan Mr. Dr. Subrata, para agêng ingkang anjênêngi paduka Tuwan Meyer Ranneft kanthi warga rad kawula kathah, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Pakualam, tuwin sanès-sanèsipun.

Pêkên darma Taman Siswa.

Benjing salêbêtipun wulan Nopèmbêr, pamulangan Taman Siswa Kêbonjêruk, Batawi, badhe damêl pêkên darma, manggèn ing gêdhong pêrmupakatan ing Gang Kênari. Angsal-angsalanipun prêlu badhe kangge ngêdêgakên pamulangan.

Morpini saya majêng.

Kawartosakên, up insêpèktur pakaryan candu ngaturi sêrat dhatêng para gupêrnur ing tanah Jawi, bilih kawontênaning morpini ingkang dipun pigunakakên saya kathah. Ingkang katingal kathah piyambak ing Batawi, Bogor, Sukabumi tuwin Cibadhak. Sarèhning pangudinipun katrangan ing bab aslinipun morpini pêtêng rêkaos, mugi para gupêrnur kaparêng naliti ing bab indhakipun wau.

Ing bab Eerste Kamer kalihan prakawis P.N.I.

Wontên pawartos saking Den Haag, Tuwan Mendels mitêrang dhatêng ministêr jajahan, paduka Tuwan De Graaff, punapa ministêr botên kagungan panggalihan, bilih papriksan prakawisipun para panuntun P.N.I. ing Bandhung, ingatasipun saksi Albreghs salêrêsipun kados caraning pandakwa, mawi ngatingalakên sêrat-sêrat ingkang botên kalêbêt praboting prakawis. Manawi bab punika nyata, punapa ministêr anganggêp kenging. Lan punapa bab punika ministêr badhe mundhut katrangan dhatêng gupêrnur jendral.

Pès ing Indhonesiah.

Gunggunging tiyang ingkang tiwas jalaran sakit pès, ingkang kalapurakên dhatêng pakaryan kasarasan, wiwit 13 Juli dumugi 9 Agustus 1930 wontên 202. Miturut pêpetangan kados makatên ingkang sampun kapêngkêr wontên 228.

Nyiksa lare.

Pulisi ing Surabaya mêntas nyêpêng tiyang nama Kardiman, ing Kalisosok, jalaran niksa kapenakanipun ingkang taksih lare, gulunipun dipun rante kalihan rante sêpedhah lajêng dipun dèkèk ing patilêman. Lare wau lajêng dipun bêkta dhatêng kantor pulisi, ngêntosi sintên tiyang ingkang badhe nêdha saha badhe ngopèni lare wau. Tiyang ingkang niksa wau jalêr èstri sami kasêrêg ing prakawis.

Gajah wanan.

Wontên pawartos, ing Muara Labuh, Sumatrah, sacêlakipun kabudidayan Pinang Awan, katingal wontên gajah gêgrombolan, jalêr satunggal, èstri sakawan. Sarèhning gajah makatên punika badhe damêl karisakan, lajêng badhe dipun sirnakakên.

Up insinyur karajan Jawi.

Kawartosakên, Tuwan Ir. A.W. de Groot, insinyuring N.V. Ingenieurs Maatchappij Eigen Beheer ing Ngayogya, kaangkat dados up insinyur tuwin technisch adviseur ing karajan Jawi sakawan, wiwit ing wulan Oktobêr.

Prangko amal.

Wontên pawartos, kintên-kintên benjing salêbêtipun wulan Dhesèmbêr, pakaryan pos badhe ngêdalakên prangko amal cacah 400.000,

--- 1241 ---

angsal-angsalanipun badhe kangge Vereeniging Jeugdzorg ing Bogor. Bab punika, Tuwan Helsdingen warga rad kawula, ngaturakên pitakenan kawrat ing sêrat, punapa tindak makatên wau ugi botên kenging katumrapakên dhatêng sanès-sanèsipun, kados ta Pa van der Steur, Opvoedingsgestichten ing Sukabumi, tuwin sanès-sanèsipun. Dados tumraping ngakathah sagêd milih pundi ingkang badhe dipun darmani.

Sêsorah bab pamulangan.

Tuwan van Dijke insêpèktur pamulangan Mulo mêntas sêsorah wontên ing Bandhung, ingkang wosipun nyariyosakên ing bab tumindaking pamulangan ing taun 1931, inggih punika ing bab pamulangan tiyang siti badhe kawontênakên onderbouw A tuwin B, lan bovenbouw A tuwin B. Ing onderbouw A pangajaranipun namung basa pribumi, laminipun tigang taun. Satamatipun saking ngriku sagêd anglajêngakên dhatêng bovenbouw A, mawi wulangan basa Walandi. Onderbouw tuwin bovenbouw A kenging dipun wastani wulangan tamat. Nanging murid ing onderbouw A ingkang lantip, sagêd anglajêngakên dhatêng bovenbouw B ingkang wulanganipun namung basa Walandi, nanging murid wau botên sagêd lajêng anjujug ing bovenbouw B, awit murid-muridipun ing ngriku sampun sami angsal wulangan basa Walandi wontên ing onderbouw B mila mawi anjujug ing klasêkakêl, kangge sambêtipun murid saking onderbouw A ingkang badhe dhatêng bovenbouw B. Murid ingkang wêdalan saking bovenbouw A kenging dipun wastani sampun tamat, nanging ugi taksih kenging nglajêngakên dhatêng pamulangan patukangan. Dene ing bab B, ing onderbouw mawi pangajaran basa Walandi, sagêd anglajêngakên dhatêng bovenbouw B ingkang wulanganipun basa Walandi, wêdalan saking ngriku punika sami kalihan wêdalan H.I.S.

Asiah.

Punapa badhe padhamèn.

Syanghai 19 Sèptèmbêr (Aneta-Nipa). Wontên pawartos, Sang Pwèh Liyang sampun kintun sêrat dhatêng Siyang Kai Sèk, yèn Sisan tuwin Pèng Yung Sang, gadhah panêdha murih pêpêrangan lajêng dipun bibarakên, pangagêng têtiga wau lajêng miji wêwakil kautus dhatêng panggenan ingkang dipun cocogi kangge ngrêmbag padhamèn. Murih tindak wau sampun ngantos sande, Sang Pwèh Liyang badhe nindakakên paukuman dhatêng golongan ingkang botên anyondhongi.

Lohyang badhe bêdhah.

Nanking 19 Sèptèmbêr (Aneta-Nipa). Kawartosakên, wadya nagari ing Paiping Hankorilwe, sapunika sampun wontên sakidul Lohyang antawis 20 mil, inggih punika satunggiling sêtatsiyun Lung Hairilwe ingkang wigatos piyambak. Bilih Lohyang bêdhah, adamêl rêkaosing wadya Yusiyang mundur dhatêng Sansi.

Eropah

Konduripun Raja Ferdinand.

Sofia 17 Sèptèmbêr (Aneta-Nipa). Tilas nata ing Bulgarije ingkang kakendhangakên wontên ing Jêrman, ingkang sabab gayutan kala jaman pêpêrangan, ing sapunika kondur, jalaran saking kaparêngipun putra nata ingkang sêpuh piyambak Pangeran Boris, nanging sang prabu kaawisan botên kenging ngêmori pulitik.

Juru sade morpini pêtêng.

Marseille 19 Sèptèmbêr (Aneta-Nipa). Pangagêng pabean mêntas nyêpêng tiyang sade morpini pêtêng badhe kalêbêtakên dhatêng Prancis. Pangagêng lajêng andhawuhakên, supados sami ngatos-atos, awit tindak wau kakintên tindak cobèn-cobèn kangge nindakakên padamêlan agêng.

Nagari Walandi.

Dados guru agêng.

Leiden 17 Sèptèmbêr (Aneta-Nipa). Kawartosakên, paduka Tuwan Mr. Duyfjes tilas warga rad Indhiya, katêtêdhikngapakênkatêtêpakên. dados guru agêng ing pamulangan luhur.

Rantaman 1931.

Den Haag 18 Sèptèmbêr (Aneta-Nipa). Waragading andamêl kapal miturut rantaman wontên f 10.408.000.-. Ingkang f 3.904.000.- dados sêsanggènipun Indhonesiah. Punggawa Eropah ing Indhonesiah badhe kawêwahan saking sakêdhik ngantos 2447.

Juru damêl jawah badhe dhatêng Indhonesiah.

Den Haag 19 Sètèmbêr (Aneta-Nipa). Propesor Veraart juru damêl jawah, gadhah sêdya badhe dhatêng Indhonesiah nindakakên cobèn-cobèn damêl jawah ing Dhèli tuwin tanah Jawi wontên ing wulan April 1931, kangge prêluning kabudidayan.

Wangsulan saking Redhaksi

Tuwan S ing Nataprajan, Ngayogya. Kintunan panjênêngan gambar 2 iji sampun katampèn, nanging ingkang kamanah prêlu kapacak, gambar Taman Sari, samantên wau manawi panjênêngan sagêd nganthèni cêcariyosanipun. Kauningana.

Tuwan W ing Sêmarang. Gambar kintunan panjênêngan botên kapacak, amargi panunggilanipun ingkang kados makatên ugi botên kapacak, sampun cuwa ing panggalih.

Lêngganan nomêr 3453. Pangarasan punika haltênipun Limbangan. Pos Bumiayu.

Lêngganan nomêr 3864 Kêrtasana. Tanggal kaping 2 Rêjêb taun Walandi 1890 dhawah ing dintên Ngahad Pon, tanggal kaping 24 Pèbruari.

Lêngganan nomêr 266 ing Rêwulu. Jumuwah Paing tanggaytanggal. 18 Rêjêb Ehe 1812 dhawah tanggal 25 Mèi 1983.1883.

--- 1242 ---

Wêwaosan

Sêrat Ramayana

16.

[Dhandhanggula]

hèh Rawana sapa kang akardi / lingsêm ingsun yêkti katêmahan / mangguh karusakan gêdhe / ya rusaking dhirimu / ya rusaking prajanta yêkti / sira datan kawawa / nulak kang bêbêndu / kalamun sira andadra / baya pasthi rusakira anêkani / marma yogya èngêta //

dahat krodha Rawana mawrêdhi / duk miyarsa aturira Sita / rasa napuk wadanane / pagandikanira sru / datan kêni ginawe bêcik / puguhira kaliwat / datan pisan emut / anèng pangawasaningwang / apa ingkang ingsun karsakake dadi / nadyan mrih pati bisa //

lamun sira lumuh mituruti / datan arsa sira ingsun garwa / yêkti sun lunas sêmangke / nulya dhawuh sang prabu / animbali para cèthi wil / kang samya galak-galak / ambêkta sang ayu / marang ing wana Asoka / tumindaka tatèng raras amularsih / mrih karsaa ginarwa //

kalaksanan ing mangkya sang putri / anèng wana lênggah sor Asoka / kinubêng yaksi agêbèl / tan kêndhat angêngimur / mamèt laku lunturing kang sih / nanging tan pisan bisa / panggah datan kêsuk / satêmah para raksasa / anggêgiri yayah angarah ing pati / mrih sang putri girisa //

nanging têtêp satuhu sang putri / datan kengguh dening pamiluta / tan giris dening godhane / lôngka kalakonipun / Dèwi Sita ginarwa aji / atanapi supea / marang rakanipun / datan pisan kumêdhèpa / dèn gêgiris dening kang para rasêksi / kang anggung ambêbeda //

têtêp dènnya ambêg sadu budi / pra rasêksi mung inganggêp rowang / malah sang putri ing mangke / ngimur wênèh ing diyu / dadya luluh amirakêti / wêkasan anggêgawa / ditya samya katut / marang sang putri sumanak / dadya rowang alêladèn rina wêngi / tan paja mêmungsuhan //

Sri Rawana tan kêndhat ngrawuhi / angêngimur marang Dèwi Sita / amrih lumuntur êsihe / nanging Sang Sita puguh / datan pisan ing galih kongkih / linut têmbung pangrêpa / pakartining diyu / sanadyan sarira risak / dening linut asru risaking panggalih / têtêp santosanira //

Sang Rawana nulya awêwarti / lamun mangkya sang satriya Rama / wus kèndêl pangupayane / malah mangkya sang prabu / karya gêlar amituduhi / kadi minôngka tôndha / lamun Rama lampus / nanging Sita mêksa panggah / datan pisan ing galih rasa kêgingsir / maring nata Rawana //

nulya nabda Sita sêmu tangis / lamun nyata seda gustiningwang / ingsun patènana bae / awit mungguh wak ingsun / tanpa Rama tan nêdya urip / hèh enggal nata sira / ywa sêmang ing kalbu / tibakna wisesanira / sira aywa andêdawa urip mami / kang tan medahi sira //

antara ri nata rawuh malih / duk punika sakalangkung duka / dening Sang Sita puguhe / nulya anabda sêndhu / lan prasêtya dèn santosani / lamun mangkya Sang Sita / mêksa maksih puguh / datan pisan dèn apura / winangênan ing sajroning kalih sasi / yèn puguh sinedanan //

tan antara nata ngênyapuri / lan tan nêdya kapanggih Sang Sita / kongsi praptèng ubayane / awit sang nata emut / lamun tansah rawuh nuwèni / sayêkti katêmahan / sirna sabaripun / anindakkên pamisesa / mring sang putri kang dahat kêncêng ing galih / wêkasan tan prayoga //

môngka nata wus prasêtya jati / datan nêdya mrih tiwasing kênya / kang datan ana dosane / nadyan sang nata diyu / nanging têtêp nuhoni janji / marma kala punika / Rawana pilaur / ngêsorkên sariranira / lumuh lamun nêrak wêwalêring janji / kadi kang wus kaucap //

kacarita Sita apan lami / dènnya anggung kinurung nèng Langka / kang araras siksa gêdhe / kongsi sadasa taun / tanpa kêndhat tansah prihatin / ari ratri ruhara / èngêt maring kakung / nanging santosaning cipta / datan ewah angajap ing têmbe wuri / tinulungan Sang Rama //

lamun Sita nuju nglipur galih / anèng wana anggung asêsambat / mring kukila sadayane / ngucap ririh alayu / ingkang pêksi pinrih wêwarti / maring satriya Rama / sajarwa atuhu / ing raos trêsnaning Sita / ciptaning tyas kang anggung kumanthil-kanthil / têtêp salaminira //

dènnya ngucap Sita amor tangis / kongsi kasok têmah kasayahan / mring purwa duksina supe / mangkana ing sadangu / yèn Sang Sita mèngêt sang pêkik / nanging tanpa wasana / anggung ngantu-antu / dènnya nganti gustinira / kadi paran dènira pinanggih malih / kinanthi lan Sang Rama //

VIII. Pangupayanipun Sang Rama.

[Kinanthi]

nênggih ciptanya sang ayu / mung lumintu ing salami / mangkya gantya cinarita / Risang Rama ingkang kari / ananira tan prabeda / anggung anandhang prihatin //

duk ing nguni kalanipun / risang Rama anjêmparing / riwusing manjangan sirna / nulya wangsul anuwèni / maring dunungira Sita / dening ing galih kuwatir //

wontên ing marga kêpêthuk / Laksmana katon ngalêntrih / ing sêmu dahat duhkita / Sang Rama andangu ririh / nanging katon dahat gita / winoran samar ing galih //

dhuh kapriye ariningsun / dene sira anututi / sapa baya kang rumêksa / maring Sita ingkang kari / Laksamana nulya sajarwa / salwiring rèh kang pinanggih //

Sang Sita nulya angutus / sumusup mring Rama nuli / datan kêni pinambêngan / wusana satriya kalih / wangsul kanthi gêgancangan / ananging pinanggih sêpi //

wusana samya anjêtung / ibêg dènira ngupadi / nanging mêksa datan ana / datan pinangguh sang dèwi / wusana satriya Rama / kasabêt turida gati // (Badhe kasambêtan)

Ôngka 78, 3 Jumadilawal Taun Jimawal 1861, 27 Sèptèmbêr 1930, Taun V

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1243] ---

Ôngka 78, 3 Jumadilawal Taun Jimawal 1861, 27 Sèptèmbêr 1930, Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Ngobrol ing Dintên Sabtu

Bab Pambêkaning Tiyang

Kados sampun nami limrah, bilih wontên tiyang gumêdhe utawi dhiri, punika lajêng wontên ingkang mastani: wah, pambêkane kathik kaya bêndara gêdhe, utawi: pambêkani kaya jendral. Mênggah tuwuhipun ucap-ucapan ingkang kados makatên wau, kintên kula, bokmanawi jalaran priyantun luhur, punapadene jendral punika kajèn kèringan tuwin tansah kinurmatan dening para bawahipun, amila manawi lajêng sami kagungan pambêkan luhur, pancèn inggih sampun pantêsipun. Nanging mênggah sajatosipun, priyantun ingkang pancèn luhur, utawi ingkang apangkat jendral punika jêbul malah alus, botên kagungan panggalih ingkang gumêdhe punapadene kêmlungkung. Nanging ingkang gadhah wêwatêkan tigang prakawis wau, têka malah priyantun ingkang namung anylêkuthik-anylêkuthik kemawon. Dados ucap-ucapan: pambêkane kaya dara gêdhe utawi kaya jendral, punika mênggahing raos kula kalintu, ingkang mathuk kados-kados: pambêkane kaya dara carik, utawi: kaya mandhor têbu, upaminipun, ewasamantên kula mêksa botên wani maibên utawi anglêpatakên, bilih wontên carik utawi mandhor têbu gadhah manah dhiri utawi gumêdhe. Awit manawi badanipun botên dipun dhirèk-dhirèkakên, dipun unggul-unggulakên, utawi dipun pêtèntèng-pêtèntèngakên, rak badhe lajêng kasilêb babar pisan, badhe botên wontên ingkang nyumêrêpi, bilih sakêdhik-sakêdhik anggadhahi pangkat. Dados anggènipun andhirèkakên badanipun wau, murih sagêda dipun ajèni ing tiyang.

Ingkang makatên punika rak botên beda kalihan tingkahipun sawênèhing Walandi, ingkang naminipun Walandi, nanging wujudipun Pak Krama, punika solah tingkahipun inggih tansah dipun walandèk-walandèkakên, manawi wicantên, sanadyan wicantên cara Jawi, inggih mawi dipun sêsêl-sêsêli pisuh cara Walandi, mênggah pikajênganipun botên sanès supados dipun wastanana Walandi saèstu, lan kajèn kados Walandi.

Amangsuli atur kula ing ngajêng, bilih priyantun luhur utawi para ingkang apangkat inggil botên kagungan panggalih gumêdhe, ing ngriki kados wontên gunanipun ngandharakên tuladan sawatawis, inggih punika kados ing ngandhap punika:

Ing satunggiling dintên swargi Jendral Washington, inggih punika satunggiling bôngsa luhur linangkung, kenging dipun wastani ingkang nyakal-bakali karajan Amerikah, nuju tindak-tindak turut margi. Ing ngriku ngawuningani satunggilipun kopral angumêndhiri saradhadhu sawatawis angangkat barang. Sanadyan saradhadhunipun sami ngêtogakên kêkiyatanipun, nanging barang wau botên sagêd kangkat, dene kopral wau ngêmungakên ngumêndhiri kemawon, botên pisan-pisan tumut ambantu ngangkat. Sarêng swargi Jendral Washington andangu sabab-sababipun dene kopral wau botên angrencangi, pun kopral ingkang botên sumêrêp bilih ingkang andangu punika pangagêngipun ingkang inggil piyambak, kanthi ngungalakên dhadhanipun amangsuli makatên: Lo, kula punika pangkat kopral, dados sanès wajib kula tumut angkat [ang...]

--- 1244 ---

[...kat] junjung. Tanpa ngandika malih Jendral Washington lajêng lukar rasukanipun saha ambantu ngangkat barang wau.

Môngga ing ngriki rak cêtha wela-wela, bilih ucap-ucapan: pambekane kaya jendral, botên mathuk babarpisan, malah ingkang katingal melok, kados-kados: pambêkane kaya kopral. Conto malih:

Ing satunggiling wêkdal, swargi Prabu Frans Josef nata ing Ostênrik, nitih kareta badhe kondur ing kadhaton kala punika kalêrêsan jawah. Wontên ing têngahing margi kreta nata wau dipun êndhêgakên dening satunggilipun sêrsan ingkang mêntas jagong wontên ing griyaning mitranipun. Ing sarèhning jawah, ing môngka sêrsan wau manggangge sarwa sae, kuwatos, bilih panganggenipun risak dening kajawahan, amila lajêng gadhah panêmbung dipun lilanana tumut numpak wontên ing karetanipun, nanging botên nyumêrêpi, bilih ingkang nitih kareta punika sang nata piyambak. Kanthi rênaning panggalih sang nata amarêngakên pinuwunanipun sêrsan wau, sarta salajêngipun lajêng numpak sêsarêngan kalihan sang nata. Mênggah lajênging cariyos botên prêlu kula andharakên, ing ngriki kula namung badhe ambuktèkakên malih, bilih ucap-ucapan ing nginggil botên cocog. Conto ingkang kaping tiga, kados inggih botên wontên awonipun dipun wrat ing ngriki, inggih punika makatên:

Ing satunggiling dintên Sang Prabu Emmanuel nata ing Portêgal tindak ambêbêdhak mênjangan sarana nitih titihan, kala rame-ramenipun ambujêng, dilalah sang nata kêpisah kalihan para pêndhèrèkipun. Salêbêtipun sang nata ngupados margi wau, lajêng pinanggih kalihan satunggiling tiyang tani. Sarêng sang nata andangu margi, tiyang tani ingkang botên sumêrêp bilih ingkang andangu punika sang nata piyambak, sagah andhèrèkakên, nanging kaparênga numpak wontên ing pêngkêranipun sang prabu, saha lajêng kaparêng. Wontên ing margi tiyang tani anglairakên pikajênganipun bilih kêpengin sumêrêp dhatêng ratunipun. Sang nata ugi lajêng andhawuhakên, têmtu badhe sagêd sumêrêp, yèn mangke sagêd pinanggih kalihan para pandhèrèkipun sang nata, inggih punika tiyang ingkang dipun urmati sangêt, punika sang nata ingkang sajatos. Botên watawis dangu sang nata tuwin tiyang tani wau pinanggih para pandhèrèk nata saha sang nata, inggih lajêng kinurmatan punapa mêsthinipun. Kala punika sang nata lajêng andangu dhatêng tiyang tani, punapa samangke sumêrêp sintên natanipun. Tiyang tani lajêng amangsuli makatên: Ing sarèhning ingkang kinurmatan ing tiyang kathah punika panjênêngan tuwin kula, salah satunggal têmtu ingkang jumênêng nata, manawi botên panjênêngan inggih kula.

Nitik cariyos têtiga kasbut nginggil, ing ngriku cêtha, bilih priyantun ingkang luhur sayêktos punika malah botên kagungan pambêkan punapa-punapa, ingkang anjalari botên cocogipun ucap-ucanapucap-ucapan. pambêkane kaya bêndara gêdhe.

Maos irah-irahan kula punika, têmtunipun wontên ingkang mèsêm sajak maibên, ing batos angandika makatên: yak, sing dijupuki kok priyayi-priyayi gêdhe sing mrojol saka pathokan. Sing kaya ngongo kuwi sèwu rak ora ana siji, bok dèn bèine Pênthul kuwi andêlêng kiwa têngêne, rak iya isih akèh bae priyayi gêdhe sing panbêkane kaya putrane bêndara Malaekat Jabarail, rumaose bisa anjabut nyawa. Pambêkane tumrap sangisore, ora ngêmungake kaya sêmut bae, malah kaya mrutu. Nèk dibukaki topi sarta didhodhoki, apa manèh mangsuli bukak topi krêsaa, nganthuki bae mêksa rada aras-arasên. Malah aku dhewe wis tau ngalami, kêpêthuk priyayi gêdhe aku banjur grok andhodhok kuwi aku ora digape babarpisan, sing dilirik jêbul malah jaritku. Apa manèh yèn disowani, sanadyan lagi kabênêr ora barang-barang, wong sowan jam pitu, iya kalakon dipanggihi jam 11 têmênan. Hara, nèk kaya ngono kuwi, anane ucap-ucapan: pambêkane kaya priyayi gêdhe apa ora mathuk bangêt.

Pangandika ingkang makatên punika pancèn inggih lêrês. Sakathah-kathahipun priyantun agêng, têmtunipun inggih wontên ingkang sok botên ngopèni dhatêng kurmatipun tiyang, nanging ingkang dados andhap kêdah ingkang agêng koma-komanipun, tuwin panjang pamanahipun, angèngêtana bilih priyantun agêng punika kathah ingkang dipun panggalih, kathah ingkang dipun raosakên, ngantos asring kasupèn punapa-punapa, tuwin botên nguningani barang-barang utawi wêwujudan ingkang pating jênggunuk. Dados beda kalihan pandakwanipun tiyang, bilih sawêg mêndêm dening pangkatipun.

Samangke pamanahipun tiyang andhap, ingkang ngrumaosi botên sênêng, bilih panganggenipun dipun priksani dening priyantun agêng, lo, punika rak nama anèh. Bok inggih dipun manah, sanadyana priyantun agêng kados punapa, rak inggih nama manusa, têgêsipun, botên beda kalihan tiyang limrah, ugi anggadhahi hawa kapengin. Sintên ingkang sumêrêp, bilih anggènipun priyantun agêng amriksani sinjang ingkang panjênêngan agêm wau, sajatosipun kapengin kagungan sinjang ingkang makatên punika, dados tumrapipun tiyang andhap, botên mêsthinipun kok lajêng mangkêl utawi gadhah raos ingkang botên sakeca, nanging wajibipun inggih kêdah ingkang sênêng utawi ingkang agêng manahipun, dados botên beda kadosdene manawi panganggenipun dipun lirik dening tiyang èstri ingkang ambalindrik. Môngga, punapa punika botên sênêng ajingklak-jingklak.

Sapunika sowan priyantun agêng jam 7, nanging sagêdipun kapanggih jam 11. Lo, punika bôngsa andhap inggih botên kenging sêrik, ananging kêdah ngèngêtana, bilih priyantun agêng punika kathah padamêlanipun tuwin kathah têtanggêlanipun. Sanadyan katingalipun botên barang-barang, nanging botên kenging kadakwa manawi sawêg nganggur. Awit padamêlanipun priyantun agêng punika botên amung sarana ebahing saranduning sarira kemawon, nanging ingkang awrat sangêt rak panggalihanipun. Tiyang ingkang botên mangrêtos, manawi sumêrêp priyantun agêng lênggah kursi piyambakan angadhêpakên unjukan wedang sapacitanipun, punika mêsthi amastani sawêg nganggur, nanging sajatosipun [sajatosi...]

--- 1245 ---

[...pun] botên makatên, bokmanawi kala punika malah sawêg nyambut damêl rêkaos, nanging ingkang nyambut damêl sanès saranduning badan, ngêmungakên panggalihanipun, inggih punika upaminipun amanggalih: murih enggalipun pundhat pajêging tiyang bawahipun, pambudidaya icalipun mênthèk, saening tumindakipun panacah jiwa, lan sasaminipun, sarta sampun kasupèn anggènipun ugi manggalih: wanci giliripun dhatêng ampil-ampil ingkang wontên ing dhusun-dhusun.

Nitik kathahipun padamêlan têtanggêlan tuwin punapa-punapa ingkang tansah dados panggalihanipun, dados inggih botên kenging dipun paibên, bilih priyantun agêng punika sok lajêng kagungan tindak inggil. Lan mênggahing pamanggih kula, kados sampun mêsthinipun, bilih priyantun agêng punika kêdah kagungan panggalih gumêdhe, nanging gumêdhenipun wau inggih sampun ngantos kêladuk. Awit manawi priyantun agêng babar pisan botên kagungan gumêdhe, kula kuwatos manawi lajêng kathah tiyang sami sowan prêlu ... ngampil bêtah.

Pênthul.

Raos Jawi

Raosing Katêntrêman

[Dhandhanggula]

yèn ginagas kongsi tanpa manis / jroning donya kêbak kasusahan / kang tanpa ana pedhote / sanggyèng suka kang thukul / mung araras kadi nyêlani / mokal mawèh karênan / kang arasa dangu / nanging tumamaning duka / mung tumanêm kadi tan pisan ngoncati / katrêm salaminira //

yèn rinaras rasaning ngaurip / sèwu lôngka lêga nglakonana / saking janma rumasane / salami mung winasuh / marma anggung ngêsah kêpati / sêsambat tanpa kêndhat / kadi lumuh idhup / nanging upama katêkan / kawasaning pati tan pisan kadugi / maksa minta samaya //

datan pisan kêni dèn ugêmi / dènnya anggung sambat ngaruara / kadi nutuh kawasane / Hyang Ingkang Maha Luhur / ingkang sipat murah lan asih / salami tan sulaya / mandum suka bêndu / kang tuwuh kadi pininta / linantaran ing solahira pribadi / kang tan rinasa janma //

pindhanira janma ingkang miskin / kang pininta mung amrih kêtêkan / kacukupa ing butuhe / wusing tinêmu cukup / ciptanira ing nguni lali / tumuli minta donya / kang agung sagunung / prandene wusing katêkan / saya bingung tan pisan marêmi ati / malah anggung rêkasa //

saya amung uwas lan kuwatir / yèn kêgêmpil donyane samrica / sakalangkung panggrantêse / ciptanira ing kalbu / datan beda donya gung alit / lamun kalong rêkasa / manjing balung sungsum / awit ajining kadonyan / ingatasing janma kang tinitah sugih / sadaya sarwa cêtha //

dadya nyata tan marêm ing ati / nadyan sugih mung ngrasa kuciwa / saya kang pangawak kere / mung tansah kêbak sêbut / batin nangis saari-ari / sabarang kang sinêdya / mung tinêmu luput / marma ing cipta tan kêndhat / mung rumasa dènnya tinitah mung pinrih / sangsara sabên dina //

kang mangkana yèn pinikir titi / dahat ewuh pakewuh kang ana / kabèh tan ana bêcike / nanging sajatinipun / wosing sêdya ingkang dèn udi / tarlèn janma mung nêdya / ngudi sukèng kalbu / mung cakira beda-beda / lan kang nyata sawusing bangkit pinanggih / mêksa maksih sulaya //

awit suka kang tansah dèn udi / datan dunung manjing katêntrêman / anggung santosa ginawe / jagad arsa dèn êluk / mrih sambada rinêgêm nuli / ingudi lan dêdalan / kang ewuh tan tutug / adhakan kêsambekala / kalanira tumindak mung ngrumasani / katêkan kang sinêdya //

môngka lamun pinikir [pi...]

--- 1246 ---

[...nikir] sajati / kang ingaran suka kang sanyata / tan pisan kêni ginawe / lan tan kêni tiniru / kadi dongèng janma kaswasih / malarat nandhang wuta / kang mangkan tuhu / tumrap sawanganing liyan / mung anarka tinitah mêmêlas asih / sèwu papa sangsara //

[Grafik]

parandene parênging Hyang Widhi / janma ingkang tinitah mangkana / tan kêndhat asuka gêdhe / anggung lungguh ing salu / lan angrêbab raras trarangin /ngrêrangin. lir tan pisan anggagas / mring sêkêling kalbu / malah sinambi sêndhonan / ngrumasani donya wus kêbak dèn goni / rasa sênêng sakeca //

duk samana nuju wanci enjing / kalanira kaki wuta ngrêbab / karawuhan pyayi gêdhe / nulya alon andangu / lah ta gene sirèku kyai / ambêgira kawasa / lir kawawa mêngku / ingsun kang pangkat nayaka / maksih darbe kasusahan angluwihi / mikir ayuning praja //

kaki wuta alon amangsuli / kanthi sèlèh rêbab nèng pangkonan / o makatên ing wadose / sampun limrah tinêmu / janma ingkang tinitah luwih / mêngkoni kawibawan / tan lyan ciptanipun / anggung dinamêl rêkasa / yèn kawasa jagad arsa dèn dhèwèki / dening sarwa kaduga //

beda lawan ulun janma miskin / lan tinitah netra kalih wuta / yêkti rupak jajahane / nanging Hyang Maha Agung / tansah mulat maring kaswasih / wusana ulun angsal / panarimah nutug / saking tan kuwat anggagas / kamulyaning donya kang dahat mengini / kang dèn kajêngkên janma //

cipta ulun anggung anêrusi / ing samôngsa ulun nuju ngrêbab / mring bawana ngantos supe / kados wus nunggil kumpul / ulun pèjèt wontên dariji / jroning tyas ing sakala / raos tumalawung / mung kèbêkan raos suka / langgêngira tansah lumintu nabêti / tan wontên kang sumêla //

inggih sawêg paduka puniki / kang nyênyêla ngêndhêg janma suka / lah tuwan lajênga age / sampun mawi anyaru / agêngipun ewa ing galih / awit ing raos kula / datan pisan gumun / dhatêng wibawèng nayaka / kang salami mung tansah kasandhung sêdhih / sampun kula sumôngga //

wusing ngucap nulya ngrêbab malih / sêsêndhonan nganyut-anyut driya / prayagung kang mirêngake / nulya ngarjitèngnggarjitèng. kalbu / nyata luwih sênênging ati / ngasorkên sukaningwang / dene jatinipun / suka lan sênênging liyan / datan kêni tinelad liyaning janmi / kalamun durung prapta //

--- 1247 ---

Jagading Wanita

Terong Walandi

Terong walandi punika sawênèhing tiyang amastani terong mènèk, awit wujuding wit-witanipun agêng, ngantos kenging dipun pènèk. Yèn katanêm wontên ing tanah parêdèn (asrap) gêsangipun langkung sae tinimbang wontên ing ngare. Ingkang katanêm wijinipun, sarana kaipuk rumiyin, ing tanah parêdèn sagêd gêsang ngantos têtaunan.

Wohipun saèmpêr sawo nanging ragi agêng, ingkang taksih nèm warninipun abrit ijêm, manawi sampun sêpuh jêne abrit, sawênèhipun biru, gunanipun kadamêl jênang (sêlei) utawi dipun sêtup, patrapipun makatên:

Milihana terong ingkang sêpuh-sêpuh rumiyin, manawi sampun kathah lajêng kaoncekan kulitipun ayam, sampun ngantos kêkandêlên, awit ingkang kaalap namung dagingipun. Punika kaumbah rêsik, dipun sigari, daging lan isinipun kapisah-pisah, lajêng kagodhog ingkang ngantos mumut. Panggodhoging isi ingkang taksih katutan daging dipun piyambakakên, punika yèn sampun mumut kasaring mawi kalo, dados pun isi kantun dagingipun lonyoh kalêlêbêtakênkalêbêtakên. ing panggodhogan daging dados satunggal. Ing ngriku lajêng kaêntas saha kasaring malih supados tuntas toya godhoganipun, sasampuning tuntas lajêng kacêmplungna ing godhogan gêndhis pasir ingkang sampun mèh gumlali, lajêng kaudhêg tanpa kèndêl murih botên ngintip, mila latunipun kêdah antèr, botên kenging kagêngên, langkung utami ngangge latu arêng, ing ngriku katètèsana lisah ingkang sagêd ngawontênakên gônda eca tumraping têtêdhan, upami mawar, mlathi utawi sanèsipun, sasampuning kêkêt aplikêt, lah punika sampun nama jênang, kenging kangge dhahar roti tawar, raosipun lêgi. Nadyan kangge isèn-isèning têtêdhan bôngsa bankèt sanèsipun inggih prayogi.

Wondene manawi kadamêl kaluwa, nadyan tanpa kasaring kenging kemawon, sasampunipun dados oncekan sadaya lajêng kacêmplungna ing godhogan gêndhis ingkang sawatawis kathah toyanipun, janji sampun matêng terongipun, kenging kaêntas, nama kaluwa utawi manisan terong walandi. Prayoginipun malih pangêntasipun manawi gêndhis sampun kumrambut, sasampuning asrêp kalêbêtna ing lodhong, watawis sadintên sadalu gêndhis sampun rumasuk, saya dangu saya anglêg.

Nirrasa.

Kêpanjèn.

--- 1248 ---

Kawruh Sawatawis

Bab Sêsêbutan

Sambêtipun Kajawèn nomêr 77.

Dados têlas-têlasaning sêsêbutan radèn, manawi cara ing Surakarta (wêwaton ing sêrat Raja Kapa-kapa) amung dumugi grad V, inggih punika warèngipun ingkang jumênêng nata Jawi. Ananging kangge cara Ngayogyakarta sêsêbutan radèn wau tanpa têlas, tanpa watês, sok ugi taksih gadhah aluran kalihan ingkang jumênêng nata taksih kawênangakên ngangge sêsêbutan radèn. Mênggah sababipun beda-bedaning wêwatonipun sêsêbutan ing Surakarta kalihan Ngayogyakarta wau sabab saking punapa kula botên sagêd ngaturakên, awit tumrap karajan Kajawèn ing Ngayogyakarta kula dèrèng anyumêrêpi wêwatonipun ingkang sayêktos.

Awit saking punika, sarèhning wêwatoning sêsêbutan punika amêndhêt saking nalurining nata Jawi, ing môngka kawontênanipun samangke krajan Kajawèn ingkang kagungan paprentahan piyambak utawi kadarah piyambak wontên sakawan, inggih punika: ing Surakarta Kasunanan lan Mangkunagaran. Ing Ngayogyakarta: Kasultanan lan Pakualaman. Sakawan wau sami kagungan wêwênang piyambak-piyambak ingatasing sêsêbutaning para darahipun, tôndha yêktinipun ingkang kasat mata: ing Kasunanan Surakarta radèn amung dumugi grad V, nanging ing Ngayogyakarta tanpa watêsan, ugêr taksih wontên aluraning darahipun ingkang jumênêng nata, taksih kawênangakên ngangge sêsêbutan radèn.§ Tumrapipun ing Surakarta, bab têlasing sêsêbutan radèn, kados ingkang sampun kapratelakakên ing karangan punika. Nanging wontên malih sêsêbutan radèn ingkang tanpa têlas, inggih punika têdhak Kajoran, Wôngga tuwin Têmbayat. Dene sababipun kacariyos mêndhêt saking turuning pradikan ingkang gadhah sêsêbutan pangeran, lêrês lêpatipun kasumanggakakên. Red. Ingkang makatên wau saiba langkung prayoginipun saupami bab wêwatoning sêsêbutan punika kadamêl sami kemawon. Kajawi anggampilakên ingkang sami kagungan aluran, inggih anggampilakên ugi panganggêping tiyang, tur ngiras manunggilakên kêdarahanipun utawi lajêng nyirêp rêmbag ingkang tundonipun amung cêngil-cinêngilan.

Mirid kawontênanipun sêrat asal-usul punika tumrap kadarahanipun krajan Jawi sakawan wau tansah manunggil anggadhahi aluran darah nata Jawi, môngka lajêng wontên wêwatoning sêsêbutanipun beda-beda, punika ingatasipun kawontênan samangke ing sêmu ragi kirang mungguh.

Saking èngêt kula, ing ariwarti Sêdyatama sampun nate angêmot rêmbag-rêmbagipun para darahing Kasunanan Surakarta, inggih angrêmbag bab bedaning sêsêbutan punika, punika sakalangkung sèwu jumurung saupami rêmbag-rêmbag wau kalajêngakên ingkang ngantos wontên karampunganipun ingkang absah, prêlunipun kula sadaya lajêng badhe gampil anggèn kula ngênut, botên tansah atawang-tuwang kados samangke punika. Kauningana, kêlacuting tindak utawi patrap punika sampun tamtu anjalari ing kalêpatan, [kalê...]

--- 1249 ---

[...patan,] makatên upaminipun: dupèh sampun sarwa-sarwi kasamêktan ing sadayanipun, dhasar pantês kalihan sawang-sawungipun, adhakanipun ingkang kinajêngakên punika mundhut ingkang langkung samêsthinipun, sanès radèn mundhut kasêbut radèn, sanès radèn mas mundhut kasêbut radèn mas, sanès radèn ayu mundhut dipun sêbut radèn ayu, sanadyan kados makatên punika sanès barang-barang, gumantung ingkang purun nyêbut, ewadene tumraping panganggêp ing sakalih-kalihipun inggih mêksa kirang prayogi. Punapa malih tumraping bôngsa ingkang ngandhap panggenanipun, punika wontênipun namung èwêd lan pakèwêd.

Saking pamanggih kula bab sêsêbutan punika babagan ingkang prêlu tuwin gawat ingatasipun tatakrama Jawi, amargi unggah-ungguhing basa, êmpan papaning pamicara, punika ingkang tamtu dados pêpucukaning rêmbag, sêsêbutanipun rumiyin, môngka wêwatoning sêsêbutan Jawi badhe ical tanpa lari, saiba badhe kados punapa patraping tatakramanipun bôngsa Jawi, punapa inggih badhe wontên kawontênan upami barang: wêsi dadi êmas.

Botên langkung kula angaping kalihi atur kula kasêbut nginggil, bokmanawi wontên kalintunipun panjurung kula wau mugi kaapuntêna. Awit kula namung mligi ngaturi ular-ular bab wêwatoning sêsêbutan ingkang kasêbut ing sêrat Raja Kapa-kapa. Ing sêrat Raja Kapa-kapa ugi taksih wontên sêsambêtaning sêsêbutanipun pawèstri ingkang sanès darahing nata ananging ingkang lajêng kagarwa dening darahing nata, manawi taksih kagalih prêlu botên awrat kula anyuplikakên lajêng kula pisungsungakên ing kalawarti Kajawèn.§ Redhaksi ngaturakên gênging panuwun, saha ngajêng-ajêng sambêtipun karangan punika.

Panjurung

Paribasan

Mêndhêm Jêro Mikul Dhuwur

Sampun kalêbêt limrah, tiyang punika yèn gadhah anak taksih alit sok dipun kudang, jêr wontênipun kudangan punika dados karêmênanipun tiyang tumrap dhatêng anak. Dene kudangan wau limrahipun miturut punapa padamêlanipun tiyang sêpuhipun lare, kados ta: bôngsa bakul, ngudang dhatêng anakipun sagêda dados juragan, bôngsa tukang, sagêda dados bas, makatên sapiturutipun.

Kudangan kados ingkang kula aturakên ing nginggil punika, tiyang ingkang ngudang têmtu mangrêtos dhatêng pikajênging kudanganipun. Nanging wontên tiyang ngudang dhatêng anak ingkang piyambakipun dèrèng têmtu mangrêtos dhatêng kajênging kudanganipun, inggih punika: kudangan mawi têmbung: mêndhêm jêro mikul dhuwur. Kula kêrêp pitakèn dhatêng tiyang ingkang mêntas ngudang anakipun makatên punika ing bab kajênging kudanganin.kudanganipun. Dene wangsulanipun, [wangsu...]

--- 1250 ---

[...lanipun,] kok beda-beda, wontên ingkang mangsuli, anak ingkang sagêd mêndhêm jêro mikul dhuwur punika, anak ingkang sagêd ngagêngakên anggènipun milujêngi, wiwit tilaripun tiyang sêpuh dumugi sèwu dintênipun. Sawênèh wontên ingkang nêgêsi yèn anak ingkang sagêd mènsiyun tiyang sêpuhipun nalika jompo, tuwin warni-warni malih. Nanging yèn kamanah dèrèng sagêd gathuk kalihan têmbung mêndhêm jêro mikul dhuwur. Malah wontên ingkang mangsuli, yèn anggènipun ngudang punika namung tiru-tiru tiyang sanès kemawon. Pramila inggih kêrêp kemawon, ing pajagongan wontên tiyang èngkèl-èngkèlan, pabên bab prakawis punika, kabêkta saking anggènipun ngantêpi pamanggihipun piyambak-piyambak.

Amargi saking kêrêp kula sêmêrêp tiyang pabên prakawis punika, kula kapêksa badhe nglairakên pamanggih kula piyambak ing bab punika wontên ing ngriki, dene lêrês lêpatipun pamanggih kula punika, nyumanggakakên dhatêng para maos, nanging kados inggih botên wontên awonipun saupami pamanggih kula punika dipun agêm sadhèrèk ingkang sampun nate nampi kudangan: mêndhêm jêro mikul dhuwur.

Têmbung mêndhêm lan mikul punika wontênipun ing kudangan atêgês nyimpên lan angluhurakên. Dados anak ingkang sagêd mêndhêm jêro mikul dhuwur punika, anak ingkang sagêd nyimpên awonipun lan angluhurakên drajating tiyang sêpuhipun ingkang sampun pêjah. Awit tiyang ingkang sampun pêjah punika taksih sagêd katingal sae utawi awon wontên ing donya. Wondene katingal sae utawi awonipun punika, botên têmtu margi saking pandamêlipun piyambak nalika gêsangipun, nanging sagêd ugi thukul saking pandamêlipun anak ingkang dipun tilar.

Upaminipun: pun A punika sae, dene bapakipun ingkang sampun tilar, inggih punika pun B, nalika gêsangipun gadhah kalakuan awon. ingkang makatên punika têmtu kalakuanipun awon B punika botên katingal, jalaran saking kalakuanipun pun A ingkang sae wau. Makatên punika pikajêngipun têmbung mêndhêm jêro. Kosokwangsulipun yèn A punika gadhah kalakuan awon, ingkang têmtu inggih lajêng anggèndèng kalakuanipun B, ingkang babarpisan botên dipun lampahi, makatên punika nama botên sagêd mêndhêm jêro.

Dene pikajêngipun anak sagêd mikul dhuwur punika, yèn pun A sagêd anjalari katingaling kalakuanipun B ingkang sae, dene jalaranipun botên sanès namung saening kalakuanipun A. kosokwangsulipun, kalakuanipun B punika botên badhe sagêd katingal, ingkang jalaran saking awoning kalakuanipun A.

Dados cêkakipun kudangan: mêndhêm jêro mikul dhuwur punika, kajêngipun: anak sagêda nilar pandamêl awon, lan anglampahi pandamêl sae.

Punapa sababipun dene mêndhêm jêro mikul dhuwur punika, limrahipun namung dhatêng anak jalêr.

Suharta

Mangundikaran, Nganjuk.

--- 1251 ---

Wawasan Nagari Mônca

Nata, Praja, tuwin Kawula

Ing kalanipun môngsa paprangan, raosing manahipun tiyang siti kados dipun gugah, dening angèngêti dhatêng kaluhuraning nagari wutah rahipun, botên lila manawi ngantos dipun wasesa ing mêngsah, mila ing kalanipun wontên swaraning sanjata bêbrondongan, mariyêm pating jlêgur, botên pisan adamêl mirising manah, malah anênangi damêl gambira.

Tuwuhing manahipun tiyang ingkang nêdya ambelani praja, botên nate dados cacading liyan, upaminipun Radèn Arya Kumbakarna, anggènipun tiwas, jalaranipun anglabuhi praja, tur sajatosipun Radèn Arya Kumbakarna sampun mangrêtos, bilih anggènipun pêpêrangan kalihan bala wanara adhêdhasar labuh kalêpataning raka, nanging ugi adhêdhasar alabuh nagari, awit botên lila manawi nagarinipun dipun camah ing liyan, mila dhêdhasaripun ingkang kaping kalih wau ingkang anjalari aruming asmanipun Sang Arya Kumbakarna. Nanging punika namung pinanggih wontên cariyos ing sêrat.

Dene ingkang taksih cêtha aluranipun, punika cariyos pêpêrangan ing Eropah, ingkang dèrèng dangu sawêg cuthêl punika. Ing ngriku katingal satunggal-satunggaling nagari ingkang têtiyangipun sami labuh dhatêng praja. Nanging mênggahing labuh praja, ingkang katingal sangêt labuhipun, punika bôngsa Jêpan, kados ta kala jaman pêrangipun bôngsa Jêpan kalihan Ruslan kala ing taun 1904-1905, ing sêrat-sêrat kabar angalêmbana sêtyanipun bôngsa Jêpan dhatêng praja, bêbasan pamaguting yuda asangu tangising batos, jalaran kandhêman raos katrêsnan dhatêng praja, yèn kêwêdala: kapriye yèn prajaku nganti kasoran. Cipta ingkang makatên wau anêrusi ing balung sungsum yêktos, botên ngêmungakên bantên nyawa sarana abên ajêng kalihan mêngsah, nanging ugi wontên ingkang bêbantên nyawa ingkang prêlu kangge ngalang-alangi mêngsah, kados ta ngêrêmakên kapal pêrang ingkang prêlunipun kangge ngalang-alangi lampahing kapal pêrang mêngsah, kanthi ngêsrahakên nyawa ingkang prasasat tumut kangge nambak sagantên, tuwin kathah tindak sanès-sanèsipun ugi, ingkang wosipun angluhurakên praja, dene wêkasanipun inggih luhur yêktos.

Manawi dipun manah malih, kajawi labuh praja, ugi atêgês labuh ratu, mila mênggahing nata, awrat sangêt anggèning ngraosakên dhatêng labuhing kawulanipun, dening rumaos dipun labuhi, mila saupami wontên nata ingkang botên dipun trêsnani ing kawulanipun, ugi botên badhe lulus anggènipun jumênêng. Bab makatên wau tumrapipun ing tanah Eropah kathah têtuladanipun.

Mirid kawontênan ingkang kados makatên punika, dados nata lan praja punika botên kenging pisah, luhuring nata inggih atêgês luhuring praja, makatên [makatê...]

--- 1252 ---

[...n] ugi mênggahing kawulanipun, inggih tumut nêmpil angraosakên kaluhuran.

Nyatanipun inggih kados kawontênanipun jaman paprangan wau, nata lan kawula kêdah sami daya-dinayan, mênggah pikantukipun badhe angluhurakên praja. Lan malih lêlampahan kados makatên punika, awon saenipun tansah pinèngêtan ing têtiyang jagad, saya malih tumrap ingkang nglampahi, inggih punika ratu lan kawulanipun, inggih tansah èngêt-ingèngêtan.

[Grafik]

Pramèswari Elisabeth paring asta dhatêng para kawulanipun, ingkang sami nandhang cacad kala paprangan.

Kados ta lêlampahan ingkang nêmbe pinanggih ing praja Bèlgi, inggih punika bab mèngêti adêging praja Bèlgi sampun jangkêp satus taun, tamtu kemawon tumrap pamahargya adêging praja sampun satus taun punika adamêl gambiraning manahipun bôngsa Bèlgi.

Ing kalanipun suka-suka wau, têka botên supe, wontên raos ingkang tuwuh angêngêti kala jamanipun paprangan. Kala punika pramèswari Elisabeth angawruhi dhatêng dunung pakêmpalanipun tiyang nandhang cacad kala jaman paprangan, wontên ingkang wuta, jonjang sukunipun, buntung tanganipun tuwin sanès-sanèsipun malih. Kangjêng pramèswari aparing asta dhatêng para kawula ingkang sami wontên ing ngriku sadaya.

Ambak tindak wau katingalipun namung sapele, nanging kêbak raos ingkang gêgayutan ing bab: nata, praja tuwin kawula. Kados para maos sagêd anggalih piyambak.

--- 1253 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Gampiling Panacad

Petruk: Kang Garèng, nèk digagas-gagas sing dawa, wong urip ana ing donya kuwi, têka kêbak susah, kêbak panalôngsa, cêkakane kêbak sing ora kêpenak-kêpenak bae. Hla, kêpriye, ta, ana ing donya iki le kakehan panacad, kakehan pamada, apa manèh ing jaman saiki, sing jarene sing diarani jaman kamajuan kiyi, dalasan bocah nonoman-nonoman, dumèhane sêkolahe rada muluk sathithik, banjur ana sing rumasane kapintêran sajagad wis dikêlun kabèh, sarta bajur nacad utawa mada marang kapintêrane wong sing wis tuwa-tuwa, sing sêkolahe ora pati dhuwur kaya awake.

[Grafik]

Garèng: Kang kaya mangkono kuwi kowe ora kêna gumun, Truk. Ngèlingana, yèn jaman saiki kiyi jaman reklamê, iya jaman mamèrake. Sing dipamèr-pamèrake kuwi ora ngêmungake barang-barang dagangan, murih bisane payu, sanadyan kapintêran ing jaman saiki kiyi, iya kudu dipamèrake, supaya wong liya bisa nyumurupi. Anane wong sok nacad utawa mada marang kapintêrane wong liya, kuwi ana sing karêpe kayadene sawijining reklamê tumraping awake dhewe, arêp ngatonake yèn kapintêrane ing bab kuwi ora bakal kalah karo wong sing dicacad mau. Upamane bae aku nacad marang karangan Rônggawarsitan, kuwi ing kono aku arêp ngreklamêkake awakku dhewe, yèn ing bab ngarang aku ora bakal kalah karo Rônggawarsitan. Nanging apa sing nacad mau luwih pintêr katimbang sing dicacad, hla, kuwi cara santrine: Wallahu Alam.

Petruk: Hla, iya kapriye manèh, ta, Rèng, wong mada utawa nacad kuwi ora ana angèle, sawêtu-wêtune iya bisa bae. Kaya ta upamane aku mada mangkene: Lo, jarene sêtudhèn, murid pamulangan luhur, cara Landane jêbul pating grawul kaya thiwul kurang gula mêngkono. Hara, Rèng, rak iya gampang bae ta mada mangkene kiyi, nanging apa kapintêranaku cara Walônda ngungkuli karo sêtudhèn sing dak wada mau, kiyi rak durung kinaruwan, bokmanawa sajêmpole sikil bae, ora ana ewadene aku iya bisa bae mada. Hla

--- 1254 ---

wong waragade mung obahe lambe ngisor lan lambe dhuwur, anggêr uwong iya têmtu bisane.

[Grafik]

Unta lan anakipun ingkang sami andhêrum.

Garèng: Wong mada sing main antêm jakob bae, kuwi pancèn gampang êmbah buyuting gampang, nanging sanyatane, mada kuwi ora gampang, Truk, awit pamadane mau mêsthi banjur ana sing metani apa iya bênêr lan samêsthine, ing kono mêngko banjur bisa kêwruhan, bangsaning wong apa sing mada mau, apa bangsane wong pintêr têmênan, apa bangsane wong drêngki, apa wong anggêdabrul. Kaya ta: ana ing layang kabar ana wong mada mênyang kaanane Bale Pustaka, dikandhakake, yèn para punggawa kono kuwi, ora ngêmungake ngrusak, nanging malah matèni mênyang basa Indhonesiah kene. Lo, mada mêngkene kiyi ora gampang, Truk, kudu anduwèni waton sing têmênan, kang nomêr siji: awake dhewe kudu wis andalajahi têmênan mênyang basa Indhonesiah kabèh, yaiku: basa Jawa, Sundha, Malayu, Madura, Batak, lan sapiturute. Bisane basa-basa mau, aja kok mung sak mariki mawon utawa sakkacidhaktêing, utawa manèh sak dibiêng orèng Mêdurêh, ngono bae, nangi kapintêrane nyang basa Jawa, upamane, apês-apêse iya kudu kaya wong lairan jêro bètèng Surakarta, basa Sundhane iya kaya juragan-juragan camat ing Bandhung, mêngkono uga basa Mêdurane, apês [apê...]

--- 1255 ---

[...s] ambalêbês kudu kaya basaning ariya-ariya ing Bangkalan utawa ing Sumênêp, mangkono sapiturute. Hla, nèk pancèn wis samono kapintêrane marang basa-basa mau, kuwi lagi mèmpêr yèn banjur bisa mada marang bêciking basa-basa sing dianggo ana ing Bale Pustaka. Balik basa sing dipigunakake kanggo mada wis bal-balan lupute, kuwi mêngko rak banjur kêtara bae yèn tuwuhing pamada mau ora liya, ngêmungake sabab saka: sêngit, ati drêngki utawa jalaran saka dhêmêne anggêdabrul wikrama.

Petruk: Kang Garèng, omongmu kiyi aku ora cocog bangêt, awit ing kono têtela, yèn cara Banyumase kowe lagi ngunthuk aliyas umuk. Sabab miturut omongmu, kowe sajak ngatonake, yèn para punggawa Bale Pustaka padha ahli-ahli nyang basa Indhonesiah kabèh.

Garèng: Kliru, Truk, kliru, yèn mangkono panêmumu. Aku ora pisan-pisan ngarani yèn para punggawa Bale Pustaka kuwi padha ahli-ahli nyang basa Indhonesiah kabèh. Nanging ing Bale Pustaka kono ana pranatan, siji-sijining bôngsa padha dipasrahi basane dhewe-dhewe, dadi bôngsa Jawa dipasrahi basa Jawa, bôngsa Sundha dipasrahi basa Sundha, mêngkono sapiturute. Mungguhing panêmuku pranatan kiyi wis jênêng mathuk têmênan, awit nèk rumasaku, sapintêr-pintêrane wong nyang basa mônca, umume rak iya isih pintêr sing anduwèni basa dhewe, apa manèh tumraping wong sing pancèn ngudi nyang basane dhewe mau. Dene ing wusana basane ora pati bêcik kaya sing dikarêpake, kuwi ora kêna dipaido, awit ora sabên uwong anduwèni dhasar bisa ngarang sing bêcik. Mara, wong-wong Indhonesiah sing wis padha lulus saka pamulangan luhur, karang-karangane cara Walônda apa iya bisa mênang karo karangane: Louwerse, Marie Corelli lan sapadhane. Têmtune iya ana sing bisa madhani, nanging sing akèh-akèh kiraku durung. Lo, kiyi ora marga saka kurange kapintêrane cara Walônda nanging sabab ora sabên wong duwe dhasar bisa ngarang bêcik mau.

Petruk: Wis, wis, Kang Garèng, rêmbuge padha dipunggêl samene bae: mêngko mundhak ana wong sêlang surup bae. Awit saiki kiyi kêna diarani jaman: kêbo nusu gudèl. Para mudha saiki kuwi ana sing sok duwe pambêkan kumaluwih kayadene pandêngèngèking anak unta kaya sing kacêtha gambar sisih kene.

--- 1256 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah

Kamajêngan ing Juwana

Botên ngêmungakên ing kitha agêng kemawon ingkang sami majêng, sanadyan ing kitha Juwana ugi tumut majêng, sapunika sampun wontên kopêrasi, lan malih anggêsangakên sus mardisuka, ingkang sampun mèh pêjah, sarana dipun gandhèngi pakaryan pênatu tuwin pindhahan, inggih punika nyadèkakên barangipun warga ingkang pindhah saking Juwana (P).

Dhoktêr Pamulangan.

Katêtêpakên dados dhoktêr pamulangan ing Malang, Nonah Surti Tirtatanaya, Ind. Arts. wanita.

Kagunan Jawi badhe kapitongtonakên wontên ing Paris.

Miturut rêmbag parêpataning para agung wontên ing Mangkunagaran Surakarta, nêtêpakên badhe kintun niyaga tuwin juru bêksa cacah 50, saking karajan Jawi dhatêng Tèntunsêtèlêng ing Paris.

Anggambêlokakên Paresidhenan

Wontên pawartos, paresidhenan Jêmbêr tuwin Bôndawasa badhe kadadosakên satunggal, residhèn manggèn ing Bôndawasa. Ugi wontên pawartos malih, paresidhenan Pasuruan tuwin Malang badhe kadadosakên satunggal, residhèn manggèn ing Malang.

Gudhang sarêm gupêrmèn ingkang alit kaliyêrakên.

Wontên pawartos, gudhang sarêm ing Sumênêp ingkang pamêdalipun ing dalêm sawulan kirang saking f 1000.-, badhe kapasrahakên dhatêng sudagar partikêlir. Nagari anggènipun maringakên wau kanthi rêgi miring, nanging panyadenipun dhatêng têtiyang kêdah têtêp, 8 sèn ing dalêm sabanon.

Pangiritan waragad lêlayaran.

Miturut pawartos, wontên sêrat saking Reiswezen dhatêng parentah, suraosipun badhe damêl wara-wara dhatêng para pangagêng, nyambêti wara-wara ingkang sampun, supados para punggawa nagari ingkang kesah layaran kêdah mêdal margi ingkang cêlak piyambak, awit kêrêp wontên lampah ingkang botên makatên, inggih punika tumrap lampah dhatêng Sumatra, Bali tuwin Lombok.

Plak sègêl palsu

Utusan karajan Walandi ing Tokiyo, Jêpan, andênangi plaksègêl Indhonesia palsu ingkang kasade, pulisi Jêpan lajêng nyêpêng têtiyang ingkang damêl tuwin ambêskup sègêlipun rêgi f 0.50, f. 1.-, f 2.-, f 2,50, tuwin f 5.-. Wujuding plaksègêl wau kasar, manawi dipun titi enggal lajêng kasumêrêpan.

Pès nular dhatêng Priyangan wetan

Miturut palapuranipun dhoktêr gupêrmèn ing Priyangan wetan, mratelakakên, ing Tasikmalaya wontên 2, ing ondêr dhistrik Kawalu wontên 1, tuwin sanès-sanèsipun malih, gunggung sadaya wontên tiyang sadasa, sadaya sami tiwas.

Bab calon punggawa marinê

Ing Surakarta mêntas dipun wontênakên papriksan têtiyang ingkang badhe malêbêt dados prajurit lautan. Cacahipun ingkang kapriksa 60 nanging botên kalêbêt sadaya. Ing Klathèn wontên 314 ingkang kalêbêt namung 9. Sababipun katampik, ingkang kathah jalaran gadhah wiji sakit trakum, inggih punika sêsakit mripat. Bab punika pakaryan kasarasan lajêng matah dhoktêr Indhia ing Klathèn, supados nindakakên papriksan saprêlunipun.

Wana kabêsmèn

Wontên pawartos wana ing rêdi Lawu kêbêsmèn agêng-agêngan. Ingkang wajib lajêng nindakakên panyirêp.

Ewah-ewahan nama Batavia

Wontên pawartos, bilih tumapakipun wulan Januari 1931 kantor pos agêng Weltevreden dipun santuni nami Batavia, dene kantor pos agêng Batavia dipun santuni Batavia-stad. Wontênipun makatên amargi nama Weltevreden punika tumraping jajahan sanès botên dipun kulinani, malah sanadyan ing Indhonesiah pisan, tumraping pos nama Weltevreden punika ugi kathah ingkang botên nyumêrêpi, tandhanipun kathah sêrat-sêrat ingkang dunungipun wontên wêwêngkon pos Weltevreden, dipun ngalamati Batavia, tamtu kemawon sêrat wau anjujug kantor pos Batavia, wêkasan damêl kasèping dumuginipun.

Ukuran panggêsangan ingkang cocog

Miturut pawartos minôngka wangsulaning pakaryan pagantosan dhatêng pandangunipun parentah, wontênipun barang ingkang kagantosakên ing salêbêtipun taun 1929, langkung kathah tinimbang taun 1928, dene taun 1930 saya langkung kathah, lan malih barang-barang wau kathah ingkang botên dipun têbus, kintên-kintun ngantos wontên pêrêgèn, 6 yuta rupiah. Kawontênan wau kenging kangge tôndha yêkti ing bab rêkaosing panggêsangan.

Swaraning mêsin mabur botên prayogi tumraping tiyang sakit.

Pangagênging pakaryan kasarasan gêmintê ing Batawi kintun sêrat dhatêng K.N.I.L.M. suraosipun gadhah panêdha supados sampun [sampu...]

--- 1257 ---

[...n] anglampahakên mêsin mabur andhap-andhap, amargi swara wau adamêl kirang prayogi tumraping têtiyang sakit ing griya sakit.

Kuli-kuli dhatêng Surinamê

Residhèn ing Ngayogya tampi tèlêgram saking kuli-kuli mardika ing Surinamê cacah 150, bilih kala tanggal 15 wulan punika lampahipun sampun dumugi Paramaribo, wilujêng. Mênggah kuli-kuli wau, inggih punika kuli-kuli ingkang dipun angkatakên kala tanggal 26 Juli, numpak kapal Jêmbêr, bidhal saking Sêmarang mêdal Suès kanal dhatêng Gibraltar, saking ngriku lajêng dhatêng Surinamê. Cacahipun sadaya kirang langkung wontên tiyang 500. Salêbêtipun layaran, botên wontên tiyang ingkang katrajang sêsakit nular. Wontên tiyang jalêr 1 tuwin lare 3 sami pêjah, bayi ingkang sami lair ugi wontên. Pangagêng ing Surinamê rumaos bingah sangêt dhatêng dumuginipun kuli mardika ing Surinamê wau, salaminipin ingkang nama sae piyambak inggih sawêg sapisan punika. Bab punika ugi adamêl sênêngipun para amtênar ingkang gêgayutan damêl, saya tumrap Tuwan Residhèn Westra.

Asiah

Badhe dhatêngipun Mansuriah

Syanghai 20 Sèptèmbêr (Aneta-Nipa). Wadya Mansuriah dipun ajêng-ajêng dumuginipun ing Tinsin. Pangagêng golongan Sansi sawêg nyingkirakên wadya, prêlu badhe rukun, sarana masrahakên wajib dhatêng golongan Mansuriah. Jalaran saking ebah-ebahaning wadya agêng wau, lampahing sêpur saking Tinsin dhatêng Liaoking kandhêg. Têlêng dununging wadya parentah ngêndhêg padamêlanipun saha badhe kapindhah dhatêng Taiyuwan. Wadya lokal tuwin Sansi ugi sami manggèn ing ngriku ngantos sadhatêngipun wadya Mansuriah, prêlu badhe masrahakên Paiping kanthi aris, tanpa ngongkrah-ongkrah têtiyang ing Pèiping. Pulisi tuwin sanès-sanèsipun badhe anjagi katêntrêman anyêkapi. Para among dagang gadhah pangajêng-ajêng wangsuling katêntrêman. Ing pangintên, wadya Mansuriah badhe anampèni liyêran panguwaos ing laladan ingkang tapêl watês kalihan Tèkso, watês Santung lan Ope mangilèn tuwin Paoting mangetan.

Tan Yèn Kai murud ing kasidan

Sanghai 23 Sèptèmbêr (K.P.). Kawartosakên Mr. Tan Yèn Kai seda wontên ing Nanking. Tuwan Tan Yèn Kai wau pisê presidhèn kabangsan. Anggènipun nyarèkakên wontên ing tanggal 24 wulan ngajêng, mawa waragad 10.000 dholar. Saindênging nagari Tiongkok katamtokakên manjêr bandera satêngah kerekan, minôngka tandhaning bela sungkawa.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 3834 ing Prawirataman. Arta f 1.50 punika tumrap wulan Sèptèmbêr dumugi Nopèmbêr. Dados taun punika kirang 50 Sèn.

Lêngganan nomêr 3813 ing Silasanèn. f 1.50 sampun katampi. Tumrap Dhesèmbêr dumugi Pèbruari 1931.

Lêngganan nomêr 3348 ing Medhan. Wisêl f 3.- punika ingkang f. 1.50 tumrap taun 1931.

Wangsulan saking Redhaksi

Tuwan S. ing Jrakah. Gambar kintunan panjênêngan botên kapacak, awit kamanah sampun kasèp. Sampun cuwa ing panggalih.

Lêngganan nomêr 4949 ing Turèn. Dintên Kêmis Wage tanggal 21 Sura Jimakir kapêngkêr, dhawah wuku Julungwangi. Jumuwah Pon tanggal 1 Sura Jimawal punika, dhawah wuku Sungsang.

Wara-wara

Ngaturi uninga dhatêng para priyantun lêngganan Kajawèn, kala tanggal kaping 25 wulan punika, administrasi ngintunakên blangko pos wisêl dhatêng para priyantun lêngganan ingkang dèrèng ambayar rêgining Kajawèn tumrap kuwartal kaping sakawan ngajêng punika. Panuwunipun administrasi dhatêng para priyantun ingkang sami nampèni kintunan wau, mugi kaparênga tumuntên ngisèni saha ngintunakên artanipun kados adad. Tumrap para priyantun lêngganan ingkang dêdalêm ing tanah Jawi tuwin Madura, administrasi badhe nyarantosakên pambayaripun ngantos tanggal 15 Oktobêr, dene tumrap ingkang dêdalêm ing tanah sabrang, ngantos tanggal 31 Oktobêr ngajêng punika. Langkungipun saking titimôngsa wau, manawi dèrèng ngintunakên bayaran, badhe botên kakintunan Kajawèn malih.

Adm.

--- 1258 ---

Wêwaosan

Sêrat Ramayana

17.

[Kinanthi]

ucaping Rama mlas-ayun / ngucap mring sanggyaning uwit / mring pêksi myang sato wana / gajah sima dèn takoni / ing ngêndi dununging Sita / nanging sadaya tan mosik //

Rama nulya muwus asru / mring Sang Sita ambêngoki / dening Sang Rama angira / lamun Sang Sita ing mangkin / amung ngajak gêgojegan / umpêtan mrih dèn padosi //

nanging mung pinangguh suwung / tanpa sabawa mangsuli / nulya sang rama janggirat / lumayu mring têpi kali / ari Laksmana tut wuntat / saparan tan nêdya kari //

nanging mêksa sêpi samun / nulya enggal wangsul malih / marang samadyaning wana / samya ngubrês kongsi titi / tan dangu nulya kêpapag / sangsam grombolan anunggil //

Sang Rama nulya andangu / mring sangsam punapa uning / lan pinanggya Dèwi Sita / para sangsam duk miyarsi / kawuryan samya andhangak / nulya mangidul lumaris //

sang kêkalih nulya ngêtut / sasmitaning sangsam sami / amangidul lampahira / gancangan dènnya lumaris / dupi tindak tan antara / pinangguh ratuning pêksi //

yèku kang pêksi Jathayu / gumlethak nglênggêr nèng siti / sarira kuthah rudira / wus cakêt praptaning pati / tan dangu pêksi ajarwa / salwiring rèh kang pinanggih //

sapalêsthaning kang wuwus / Jathayu nulya ngêmasi / tan dangu Rama Laksmana / mangguh sangsangan sang putri / satêmah mawèh kasrêpan / nyipta yèn bangkit pinanggih //

nulya anglajêngkên laku / wau satriya kêkalih / ananging datan antara / tinêmpuh ing yaksa wani / sakala satriya Rama / gita lumawan ing jurit //

tan dangu kang yaksa lampus / nanging duk dèrèng ngêmasi / kang yaksa alon wêwarta / mring Rama pinrih ngulati / nênggih nataning wanara / kang aran Sugriwa Aji

lan dèn mitraa satuhu / bayèku kang dadya kanthi / sarana pinanggihira / garwa ingkang dèn upadi / awit nataning wanara / yêkti lêga labuh pati //

Sang Rama lan ari nurut / tumuli laju lumaris / arsa nêtêpi kang wêca / ngupaya wanara aji / nasak jroning wanawasa / pringgabaya tan tinolih //

datan dangu tindakipun / Sang Rama tanapi ari / praptèng têpining talaga / kang dahat raras rêspati / aranira tlaga Pampah / mancorong kang tirta wêning /

dene kang talaga wau / dumunung cakêt nagari / prajanira Sri Sugriwa / wau satriya kêkalih / pinanggih lan Sang Anuman / kêkasih Sugriwa Aji //

nanging duk kala puniku / Sang Anuman mindha rêsi / dene ta ing jatinira / Anuman paramparaji / kang anggung anggênu marang / ayuning praja narpati //

Anuman ing praptanipun / nèng wana ingutus gusti / mrih angangin-angin warta / sêdyaning satriya kalih / dene samya nglugas raga / nyandhang caraning prajurit //

lan paran darunanipun / prapta prajèng Sugriwaji / samana satriya rama / anulya sajarwa jati / salwiring rèh wus kawêdhar / marang kang apindha rêsi //

salajênging sabdanipun / Sang Rama arsa minta sih / marang nataning wanara / mrih parêng ambantu kardi / ngupaya garwa Sang Sita / kang wus murca tanpa lari //

Anuman mèsêm angguguk / linut ing wacana manis / mênggahing pangintên kula / sri nata lêga ing galih / têtulung dhatêng paduka / tan awrat labuh ing pati //

nanging kasambadanipun / lamun paduka kêkalih / kaparêng alêga lila / tindak têtulung rumiyin / ngasorakên mêngsahira / kang maksih kadang pribadi //

dene ta darunanipun / ing nguni kadang kêkalih / dening kadangira wrêdha / sri narendra salah kardi / andhustha garwa Sugriwa / tanapi pra putra sami //

mangkya karsanira prabu / lumintu anggung angudi / wangsulira garwa putra / myang cipta arsa sumilih / marang kapraboning raka / kang ing mangkya nguwasani //

Sang Rama dupi angrungu / nulya nabda anyagahi / têtulung marang Sugriwa / nanging mawa aprajanji / Sugriwa anulungana / mring Rama ing têmbe wuri //

saparipurnaning rêmbug / Anuman amalih warni / jatining wanaranira / dahat agung angajrihi / dyan amboyong kalihira / pinrênah nèng gigir nuli //

binêkta umêsat mamprung / tan dangu wus prapta mangkin / anèng ngarsaning Sugriwa / nata suka asêsanti / tan pae Rama Laksmana / samya suka ing panggalih //

wêkasan mêmitran lulut / tan kêndhat anggung anggusthi / tumindaking parasêdya / amrih sambada tumuli / mangkana satriya Rama / nulya angayati janji //

mring kadang nata tumêmpuh / ing wêkasan kadang aji / tiwas madyaning ranangga / tan pisan kuwawa tandhing / lumawan satriya Rama / kang pinunjul ing sabumi //

tiwasirèng raka prabu / mung minôngka amalêsi / dhinêndha dènnya andhustha / mring garwa myang putra aji / têmah ngayêmi sakala / rêtuning praja sumingkir //

kasêmbadan sêdyanipun / Sugriwa sumilih aji / yèku kapraboning raka / kang wus dangu dènnya mamrih / ing mangkya wus kalêksanan / Sugriwa suka ing galih //

mangkya Rama lêrês sampun / nèng guwa cakêting puri / kongsi lêrêm sawatara / dening mangkya anyarêngi / ing kalaning môngsa jawah / nganti lalu môngsa riris //

ing benjang sawusing lalu / ing karsa satriya kalih / tumuli ngayati karya / angupaya mring sang dèwi / dadya katrêm ing samangkya / nèng guwa sang anom kalih // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]