Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-11, #1645

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1930, #1645
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-01, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #354.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-02, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #355.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-03, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #356.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-04, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #357.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-05, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #358.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-06, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #359.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-07, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #360.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-08, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #361.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-09, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #362.
10.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-10, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #363.
11.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-11, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #364.
12.Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-12, #1645. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #365.

Ôngka 96, 7 Rêjêb Taun Jimawal 1861, 29 Nopèmbêr 1930, Taun V

Kajawèn

[Iklan]

--- [1531] ---

Ôngka 96, 7 Rêjêb Taun Jimawal 1861, 29 Nopèmbêr 1930, Taun V

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Ngobrol ing Dintên Sabtu

Sami Wênangipun tuwin Sami Kuwajibanipun

Sapisan punika kula badhe ngobrol ing bab kados ingkang kasêrat ing nginggil. Amung kemawon panuwun kula dhatêng para maos, mugi sampun katampi kanthi lêbêt, kadar punika namung nama obrolan, dados têmtunipun inggih kathah nyalèwèngipun katimbang lêrêsipun.

Mênggahing kula, dene ing tanah Jawi ngriki wontên satunggiling pakêmpalan wanita, ingkang anggadhahi sêdya ambudidaya murih para wanita sagêda sami wêwênangipun kalihan para priya, punika kula kok inggih mupakat sangêt. Anggèn kula matur mupakat wau, jalaran kula kêpengin sagêda ngêkahi adêg kula piyambak, inggih punika anggèn kula ngrujuki sangêt dhatêng pambudidayanipun para kawula Jawi supados wêwênangipun sagêda kasamèkakên kalihan bôngsa Walandi. Saupami pambudidayaning bôngsa Jawi wau sagêd kinabulakên, punika rak atêgês satunggiling kapitunan tumrap bôngsa Walandi. Awit tumrapipun bôngsa wau rak lajêng botên wontên dhadhakanipun, ingkang anjalari rumaos langkung inggil drajatipun katimbang bôngsa Jawi. Môngga, samia dipun panggalih, saupami kula lajêng anglairakên botên condhong kula dhatêng ancasing pakêmpalan wanita kasbut nginggil, têmtunipun kula rak lajêng dipun dakwa ngêmungakên badhe pados: enake dhewe kemawon. Manawi tiyang sanès - ing ngriki bôngsa Walandi - angsal kapitunan, kula sadaya sami: angglênggêm, nanging manawi wêwênangipun piyambak badhe katêmpil, ing môngka ingkang nêmpil wau sadhèrèkipun piyambak, lajêng brigah-brigih botên suka. Ingkang punika amila kula kaping kalihi atur kula ing ngajêng, inggih punika anggèn kula mupakat sangêt, bilih wêwênangiun tiyang èstri punika kêdah dipun samèkakên kalihan tiyang jalêr. Dados kangge rèmèh-remehanipun, saupami tiyang jalêr dipun wênangakên tumbas jas lakên potongan langênarjan, tiyang èstri inggih kêdah kawênangna tumbas badhe rasukan sutra paris ingkang ing têmbe dipun potongi jas upaminipun. Botên ngêmungakên ing bab punika kemawon, sanadyan dados warga polêksrad utawi lid komisi boksên pisan, tumrapipun tiyang èstri manawi sagêd kemawon, inggih sampun ngantos dipun bedakakên kalihan tiyang jalêr, lan makatên sapiturutipun.

Nanging dilalah ing donya punika wontênipun padamêlan sampun dipun princi-princi piyambak-piyambak. Dados sanadyan wêwênangipun samia pisan, inggih kêdah ngèngêti dhatêng kuwajiban ing paprincènipun piyambak-piyambak wau. Jalaran manawi botên makatên, kula kuwatos, bilih ing têmbê sagêd ngrisak tatanan. Kados ta upaminipun makatên:

Wontên lare èstri cêpêng damêl dados komis, ing wusana lajêng imah-imah angsal lare jalêr bangsaning pancik landhung, inggih punika lare jalêr nganggur botên nyambut damêl punapa-punapa. Jalaran saking punika, ingkang baku pados têdha rak lajêng si èstri komis wau. Wusananipun ingkang

--- 1532 ---

lajêng nindakakên padamêlan griya, inggih ingkang jalêr wau. Têgêsipun: inggih lare jalêr wau ingkang kêdah ngrigên-ngrigênakên sadhengah kabêtahanipun griya. Dados ing ngriku si jalêr wau lajêng kêdah nindakakên padamêlanipun tiyang èstri kados ing samangke punika. Kula pitados, bilih ingkang makatên wau têmtu sagêd kalampahan. Nanging samangke mênggahing kodrat, punapa inggih badhe amarêngakên. Jalaran wontên sawatawis lêlampahan ingkang amakèwêdi tumrap tumindaking wêwênang sasami-sami wau. Mila mênggahing panampi kula samining wêwênangipun jalêr tuwin èstri wau, mawia êmpan papan. Kados ta upaminipun makatên: tiyang jalêr punika, botên beda kalihan tiyang èstri, inggih gadhah wêwênang anggulawênthah lare, nanging ing sarèhning tiyang jalêr wau kaprahipun awis wontên ing griya sabab kêdah pados têdha, dados padamêlan anggulawênthah lare wau, inggih dados paprincèn kuwajibaning èstri, ingkang tansah wontên ing griya tuwin nyumêrêpi lare-lare ing sabên dintênipun. Ingkang makatên punika sampun têmtu mêndhêt kawontênan ingkang limrah, mêsthinipun inggih botên tumanduk dhatêng lare èstri ingkang pados têdha piyambak saha ingkang ngantos pènsiun botên purun laki.

Mênggahing kula piyambak, pancèn inggih andongakakên sangêt, supados para wanita sagêda majêng saèstu, lan sagêd amadhahi kawruh ingkang muluk-muluk tuwin wawasan ingkang langkung jêmbar. Amung bab kasusilaning wanita Jawi sampun ngantos dipun pêngkêrakên, malah saangsal-angsal dipun wigatosna, murih saya langkung utaminipun. Awit sadaya kamajêngan tumrap èstri punika, bilih botên dipun kanthèni wêwatêsan ing bab kasusilan, botên wande badhe kêplantrang tumindakipun. Murih cêthanipun ing ngriki kados prêlu nyariyosakên kamajênganipun para wanita bôngsa sanès ingkang sami kêplantrang tumindakipun, jalaran botên angèngêti wêwatêsaning kasusilan, ngantos sagêd kalampahan kados ing ngandhap punika:

Ing tanah Eropah tuwin Amerikah, punika kenging dipun cariyosakên, bilih wêwênanging wanita dipun samèkakên kalihan wêwênanging jalêr. Jalaran ingkang makatên wau sawênèhing wanita lajêng ngrumaosi mardika sangêt, ngantos kalampahan trajangipun anglangkungi watês. Trajang ingkang nglangkungi watês wau, ing sarèhning èstri ing ngriku dipun anggêp sami, amila inggih lajêng botên wontên ingkang angarubiru. Tuladha-tuladhanipun kados ing ngandhap punika:

Wontên satunggiling nyonyah Amerikah nama: Betty Clark. Watawis taun ingkang kapêngkêr, nyonyah wau pamitan kalihan para mitranipun, sumêdya badhe kêkesahan. Ananging anggènipun kêkesahan wau, botên wontên ingkang dipun tuju, ngêmungakên gadhah pêngangkah sagêda ngraosakên wontênipun kacilakan sêpur ingkang yêktos-yêktosan. Amila siyang dalu nyonyah wau, kanthi ambêkta pirantos potrèt inggih tansah nyêpur kemawon. Sêdyanipun wau danguning dangu ugi sagêd tinurutan, dèrèng dangu punika ing sacêlaking kitha Johannisburg ing Aprikah sisih kidul, wontên kacilakan sêpur, ingkang anjalari pintên-pintên tiyang ingkang sami numpak sêpur wau tatu, lan satunggal tiwas. Dene tiyang ingkang tiwas wau, inggih ... Nyonyah Betty Clark piyambak. Môngga sapunika para maos kula aturi amanggalih, samantên kamardikanipun para wanita ing Amerikah, ngantos lajêng wontên salah satunggal ingkang anggadhahi kêpenginan ingkang botên mèmpêr makatên.

Wontên malih, ugi nyonyah bôngsa Amerikah, nama: Mary Sullivan, umuripun sawêg 30 taun, kintên-kintên warninipun inggih ayu, tur sugih. Hla, kapenginanipun nyonyah punika, sanandyan botên nguwatosi kados ingkang sampun kacariyosakên ing nginggil, nanging mêksa inggih anggumujêngakên, inggih punika kapengin semah kalihan tiyang ingkang kadhawahan paukuman pêjah. Punika prêlunipun, namung kapengin badhe gêsang sêsarêngan kalihan tiyang, ingkang tansah anggrantês utawi nalôngsa manahipun, jalaran sampun sumêrêp, bilih gêsangipun namung kantun sawatawis dintên malih. Môngga, tekad ingkang makatên punika, punapa botên nama kêplantrang ingkang sangêt. Tumrap èstri Jawi, sawêg pados jodho sarana ngupados piyambak ingkang tanpa mrêduli dhatêng tiyang sêpuh kemawon, sampun nama kirang prayogi, punika jêbul malah pados jodho piyambak, ingkang namung prêlu badhe nyumêrêpi nalangsaning tiyang, ingkang nyawanipun kantun mak jêbling kemawon. Mirid lêlampahan punika, sajakipun bab laki wau namung kangge dolanan kemawon.

Minôngka kangge mungkasi obrolan punika, ing ngriki prêlu kacariyosakên, bilih wêwênanging tiyang èstri ing Eropah tuwin Amerikah, punika botên amung dipun wastani kasamèkakên kalihan wêwênanging jalêr kemawon, nanging kadhangkala malah sok anglangkungi. Inggih punika wontên wèt ingkang nyariyosakên, tiyang jalêr angarubiru èstri, punika kenging paukuman, nanging kosokwangsulipun, manawi ingkang ngarubiru punika tiyang èstri, botên wontên paukumanipun punapa-punapa. Ing sarèhning wêwênanging èstri sampun dipun samèkakên kalihan wêwênanging jalêr, wèt ingkang makatên wau, sampun têmtu adamêl kapitunaning tiyang jalêr, kados cariyos ing ngandhap punika:

Ing kitha Weenen wontên tiyang èstri ingkang sampun jêjodhoan, anggodha satunggiling jêjaka, kanthi punagi, satilaripun ingkang jalêr, purun dados semahipun. Panggodhaning wanita punika inggih dipun turuti dening jêjaka wau, wusana sarêng semahipun tiyang èstri wau saèstu tilar donya, lan jêjaka mêlèhakên têtêmbunganipun ing ngajêng, pun pawèstri nyelaki dados bojonipun. Pungkasanipun, prakawis wau ngantos dumugi ing ngrêsanipun pangadilan, jalaran pun jêjaka sampun mituruti panggodha utawi saking panêdhanipun wanita wau, ing wusana dumugining êndon dipun selaki. Mênggah putusaning pangadilan, pun jalêr botên angsal karampungan punapa-punapa. Tablo.

Pênthul.

--- 1533 ---

Bab Rajakaya

Bab Têdhanipun Kewan Ingahan

Miturut bêktaning kodrat, kewan punika sampun kapasthi têdhanipun, inggih punika ingkang nêdha têtuwuhan, ingkang nêdha daging, tuwin ingkang nêdha kalih pisan, dados miturut pundi ingkang sagêd murakabi dhatêng gêsangipun, sarta ingkang sagêd kaêjur dening pirantosing badan ingkang kangge ngêjur têtêdhan wau. Têtêdhan ingkang sagêd kaêjur punika têgêsipun ingkang wontên ing wadhuk tuwin ing usus kaêmoran dening kuwaya kêcut tuwin ilu enggal luluh ngantos dados kados bubur, dene ingkang botên sagêd ajur punika ingkang ngantos kawêdalakên dados rêrêgêd taksih panggah warni tuwin wujudipun utawi namung ewah sakêdhik, upaminipun sadaya cangkoking isi. Bangsaning kewan galak ingkang têdhanipun daging, manawi katêdhanan sukêt tamtu wontên ing wadhukipun botên sagêd ajur, ingkang tamtu badaning kewan wau lajêng botên sagêd kalêbêtan sarining têtêdhan, sarta wusananipun badan lajêng risak. Samantên ugi kosokwangsulipun, manawi maesa utawi lêmbu katêdhanan daging masthi botên sagêd gêsang dangu. Ananging kewan ingahan punika sarèhning gêsangipun sasat kawêngku dening manungsa sok sagêd nyêbal saking kodrat, tuladhanipun inggih punika sêgawon tuwin kucing, manawi miturut untunipun inggih punika pirantos pangêjuring têtêdhan ingkang wiwitan, ingkang katêdha mêsthi bangsaning daging, ewasamantên sarêng dados kewan ingahan purun katêdhanan sêkul. Ananging kewan makatên punika sanajan sarining têtêdhan wau sagêd lumêbêt ing badanipun, mêksa botên sagêd nyamèni yèn katêdhanan miturut kodratipun. Kucing ingkang botên nate nêdha daging, badanipun botên sagêd kiyat utawi kirang cukat manawi ambujêng tikus. Sêgawon ingkang kangge ambêbêdhag ugi kêdah asring katêdhanan daging, supados badanipun kiyat.

[Grafik]

Lêmbu-lêmbu ingkang dipun umbar ing ara-ara, nêdha sukêt.

Têdhaning kewan nalika taksih alit inggih punika toya susu, têtêdhan wau gampil rumasukipun ing badan sarta botên mawi kaêjur, awit ubarampening pangêjur têtêdhan taksih dèrèng kiyat tuwin dèrèng pêpak, pramila kirang prayogi yèn enggal kasapih ing sadèrèngipun umur 16 minggu tumraping bêlo, 12 minggu tumraping pêdhèt tuwin [tu...]

--- 1534 ---

[...win] gudèl, 3 utawi 4 wulan tumraping cêmpe, 4 utawi 6 minggu tumraping gênjik. Yèn sampun langkung umur samantên wiwit kenging katêdhanan sanèsipun sarta ingkang gampil kaêjur dening pangêjuring têtêdhan, yèn sukêt kêdah ingkang taksih ênèm, langkung prayogi yèn sarana dipun rajang. Ing wêkdal punika sarining têtêdhan prêlu kangge indhaking agêngipun badan, pramila kajagia têdhanipun sampun ngantos kantu.

Manawi sampun agêng lajêng katêdhanan miturut punapa gunanipun kewan wau, upaminipun yèn badhe kangge pêrêsan utawi pragadan kêdah kawêwahan têtêdhan ingkang andadosakên lêma, manawi kangge tarikan botên prêlu sagêdipun lêma, nanging ingkang andadosakên kiyatipun daging lan otot-ototipun.

Têtuwuhan ingkang taksih ênèm utawi ingkang taksih ijêm punika ingkang sae piyambak, awit taksih kathah sari-sarining têtêdhan ingkang prêlu kangge badan, manawi sampun sêpuh utawi badhe garing sok lajêng ewah, ananging ugi botên sadaya, kêdah ningali papanipun, ingkang thukul wontên ing papan ingkang botên bacêk sarta ajêg pikantuk hawa lan bêntèr ugi taksih sae, pramila sukêt ingkang thukul wontên ing pèrènging rêdi langkung sae tinimbang kalihan ingkang thukul ing papan wradin ngandhap.

Badhe kasambêtan, Suryadi, Keurmeester Panaraga.

Bab Ringgit

Prabu Cingkaradewa

Prabu Cingkaradewa punika putranipun Sri Maharaja Sindhula, ing Mêdhang Galungan, kados ingkang sampun kacariyosakên ing ngajêng. Ing nalika dèrèng jumênêng nata, Prabu Cingkaradewa kasiku ing rama ngantos linggar saking praja, wusana sagêd jumênêng nata wontên ing Mêdhang Kamulan, jêjuluk Prabu Cingkaradewa.

Sajatosipun Prabu Cingkaradewa sakalangkung ajrih dhumatêng rama, mila sarêng sampun jumênêng nata, nêdya sowan ingkang rama ngaturakên pêjah gêsang, sarana ngaturakên pisungsung warni rêca kancana asli panggihan, lajêng miji punggawa ingkang kautus dhatêng Mêdhang Galungan. Nanging Prabu Sindhula botên lilih dukanipun, malah kados dipun unggar, namung nêdya pêpêrangan. Parabu Cingkaradewa sarêng uninga manawi ingkang rama taksih duka, lajêng sowan piyambak, dipun irit ing wadyabala.

Lêlampahan manawi badhe dados sêling sêrêp botên kirang jalaran, inggih punika Prabu Sindula malah ngintên bilih sowanipun putra wau badhe nêdya lumawan. Prabu Sindhula lajêng dhawuh dhatêng putra kêkalih mapag Prabu Cingkaradewa. Nanging tumrap ingkang sami èngêt, inggih anggadhahi pangraos èwêd anglampahi dhawuhipun Prabu Sindhula, awit nama pêrang kalihan sadhèrèk.

--- 1535 ---

Jalaran saking kalèntuning lampah, anuwuhakên sabab warni-warni, kados ta: garwanipun Prabu Sindhula tuwin putranipun putri lajêng sami seda lêbu tumangan, dening ngèngêti botên kuwawi nyipati pêpêranganing kadang sami kadang. Dene putra kakung kêkalih sarêng dumugi ing paprangan, inggih namung èwêd lan pakèwêd, awit manawi botên ngèstokakên dhawuh, nama botên mituhu dhawuhing bapa, badhe manggih dêduka, nanging manawi kêlampahan pêrang, nama purun dhatêng kadang sêpuh, ugi badhe manggih sêsiku. Wusana putra kêkalih wau lajêng sarêmbag kalihan Prabu Cingkaradewa, nêdya reka-reka pêrang, nanging lajêng nungkul, kalampahan lajêng katingal pêpêrangan, saha putra kêkalih lajêng sami nungkul.

Prabu Sindhula sarêng uninga kawontênan ingkang kados makatên punika saya kalintu tampi, ngintên manawi putra nata saya supe, Prabu Sindhula lajêng miyos dhatêng paprangan, nanging sarêng uninga dhatêng putra, sakalangkung lingsêm, wusana lajêng muksa.

Samuksaning rama, Prabu Cingkaradewa lajêng jumênêng nata wontên ing Mêdhang Galungan, nagarinipun dipun lih nama Mêdhangkamulan, saha lajêng narubakên para wadya sadaya. Wêkasan prajanipun tata raharja.

Sang prabu saya misuwur asmanipun, dening ambêg adil paramarta, dangu-dangu sang prabu kaparêng badhe jumênêng nata binathara, sarana badhe nêluk-nêlukakên praja sanès-sanèsipun, nanging tansah pinambêng ing patih, awit sarananipun tiyang badhe luhur punika kêdah kanthi nênuwun dhatêng dewa, sarana lampah tapabrata, angêntosi sasmitaning dewa.

Sang prabu andhahar aturing patih lajêng lêlana ing sabên dalu, kêlampahan angsal sasmita warni-warni. Wusana sarêng kinintên sampun pinarêngakên, sang prabu lajêng ambêdhah praja sanès-sanèsipun, sami bêdhah sadaya. Nanging sajatosipun sang prabu botên suda dhêdhasaripun ambêg wêlasan, ngapura dhatêng nata ingkang nêdya nungkul, panungkulipun tinampi kanthi ngêrêsing panggalih, mêmulih manahing mêngsah, murih botên karisakan, mila kalampahan sang prabu sagêd jumênêng nata binathara, ngêrèh praja Gilingwêsi, Wiratha tuwin Purwacarita.

Nanging sang prabu sayêktosipun kagungan cacad, kêrêp mundhut prajurit neneman kagêm wadya nata, sintên ingkang kapundhutan, botên kenging mrêngkang, kêdah nyaosakên, sintên ingkang botên ngaturakên, lajêng tampi pidana awrat, malah wontên ingkang dipun trapi ukum pêjah. Inggih ambêg nata ingkang kados makatên punika ingkang anjalari botên damêl têntrêming kawulanipun.

Kacariyos wontên pandhita nama DhangHyang Salikoswa sangêt susah ing manah, awit anakipun badhe kapundhut prajurit ing sang prabu botên purun, nanging lajêng kapitulungan brahmana saking sabrang nama Brahmana Wisaka, nêdya mambêng kaparêngipun sang prabu, lajêng mangsuli utusan, bilih brahmana badhe sowan piyambak ngaturakên pamundhutipun sang prabu.

Brahmana Wisaka sarêng dumugi ngarsa nata lajêng ngaturakên cangkriman, sang prabu botên sagêd ambadhe. Sang prabu gêntos cangkriman, sagêd kabadhe dening brahmana. Sang prabu sangêt lingsêm, wusana muksa.

--- 1536 ---

Raos Jawi

Kêdah Mangrêtos dhatêng Sababipun

Kasêbut ing sêrat cariyos sèwu satunggal dalu, ing nagari Bagêdad, nuju ing wanci siyang, bêntèripun gumamplêng, tiyang ingkang lumampah ing margi, raosing sukunipun kados angidak mawa, saya tumrapipun tiyang ingkang tumindak ing damêl ing wanci kados makatên punika, rumaos kados wontên salêbêting pasiksan.

Ing salêbêtipun môngsa kados makatên punika, wontên kuli nama Inbad, ambêkta bêbêktan awrat lampahipun angambah margi ingkang bêntèripun kados latu wau, sampuna ngèngêti bilih padamêlan kados makatên punika ingkang dados lantaran wêdaling têdhanipun, pun Inbad tamtu lumuh anglampahi. Nanging sarèhning sampun nama dados wajib, inggih dipun lampahi kanthi tumêmên.

Lampahipun Inbad sakalangkung rêkaos, dening ambêkta bêbêktan awrat, angambah margi ingkang botên sakeca, wusana lampahipun kèndêl wontên sangandhaping kêkajêngan ayom, ing sacêlakipun ngriku wontên griya agêng anjêgarang, griyanipun tiyang sugih nama Sinbad.

Ing salêbêtipun Inbad kèndêl wontên ing ngriku punika, mirêng suwaraning gôngsa ngrêrangin, dipun gerong ing lêlagon anganyut-anyut manah, sabawaning surak tandhaning suka kamirêngan mawantu-mantu.

Kawontênan ingkang kados makatên wau nuwuhakên panalangsaning manahipun Inbad, lajêng kêwêdal garunêngipun makatên: bedaning kaananku karo kaanane wong kang padha bungah-bungah kae bangêt nyêngklènge, aku nglakoni pagawean abot kang isih nanggung, kêsêling awakku kang lagi tak asokake iki mêngko sadhela êngkas bakal tinêmu manèh. Ngêlaking guluku kang butuh banyu sacêrêt, kinosokbali karo kaanane wong-wong sing padha bungah-bungah kae, apêse iya ngombe bangsaning lêgi arum, ora ana wêtêng kang ngrasakake luwe kaya wêtêngku, tur ora trima kalêbon panganan sambarangan, apêse iya sing lunyu ana ing gulu, sing mukêt ana ing ilat, ewadene malah saya anggugah rasaning atiku, nuwuhake pangrêsula, dening bineda têmên kaananku tinimbang karo kaanane wong kang duwe omah kae.

Cipta ingkang kados makatên punika sayêktosipun adhakan sangêt tuwuh wontên ing tiyang, wosipun mèrèkakên dhatêng kabêgjaning tiyang sanès, kanthi dipun cocogakên kalihan kawontênaning gêsangipun piyambak, ingkang nyatanipun kasoran kalihan tiyang ingkang dipun mèrèkakên wau, sampun tamtu kemawon lajêng adamêl rêkaosing manahipun piyambak. Nanging kadospundi manawi tiyang botên kadunungan manah kados makatên, tamtunipun lajêng botên gadhah cipta panjôngka, punapa-punapa [punapa-puna...]

--- 1537 ---

[...pa] lajêng namung pinanggih kêndho ngalokro. Namung wontên lêpatipun sakêdhik, inggih punika manawi ciptanipun wau namung kandhêg ing batos kemawon, têgêsipun namung angèngêti dhatêng apêsing badanipun piyambak.

Ing ngriki nglajêngakên cariyosipun Inbad, kacariyos nalika Inbad sawêg garunêngan wau, tiyang ingkang gadhah griya ingkang nama Sinbad, nuju anguk-anguk ing jandhela, cêtha mirêngakên saungêlipun Inbad, Sinbad lajêng nyapa: ki sanak, kowe kuwi garunêngan kang têgês ngrêsula, aku wis krungu cêtha kabèh mênyang unimu, yèn kopikir dawa atêgês nênutuh marang kang kuwasa, ora narimakake mênyang awakmu dhewe, saupama kowe mèrèkake mênyang liyan, apa ta kang komèrèkake.

Inbad mirêng pitakènan makatên wau mangsuli kalihan mèsêm: anu kyai sudagar, têka kawontênan kula punika beda têmên kalihan kawontênan sampeyan, sanadyan kula botên cariyosa panjang, sampeyan tamtu inggih sampun mangrêtos.

Sinbad: bênêr ki sanak. Nanging kowe sumurupa, tuwuhing ciptamu kang kaya mangkono mau, rada ana nalisire, mêsthi bae atimu ora narima, awit kowe nyumurupi kawibawanku, nyumurupi kasugihanku. Nanging kowe apa uwis nyumurupi kang dadi jalaran têkaning kasugihanku.

Inbad mangsuli kalihan malênggong: dèrèng.

Sinbad: mara malêbua mrene, kowe milua ngrasakake rasaning kamulyan. Mêngko tak caritani.

Inbad miturut lajêng malêbêt ing griya, dipun sêgah têtêdhan tuwin ombèn-ombèn sarwa miraos, lan malih mirêngakên têtabuhan ingkang damêl sêngsêming manah, ngantos adamêl lipuring kasusahanipun.

Sarêng sampun lêrêm, kyai sudagar Sinbad lajêng nyariyosakên lêlampahanipun sadaya, inggih punika nalika lampah dagang, sabên-sabên tansah manggih kasangsaran ingkang nyakêtakên margi pêjah, sintêna kemawon tamtu botên wontên ingkang kapengin badhe anglampahi. Nanging rêkaos saha kasangsaranipun kyai sudagar wau, kamulyanipun pinanggih ing wingking. Lajênging wicantênipun ki sudagar: lêlakonku kabèh mau, satêmêne ora menginake, nanging sarèhne tansah tak antêpi, kaslamêtane uripku ing têmbe buri banjur banjur anêkakake kabêgjan. Ing pangiraku sapa sing gêlêm anglakoni rêkasane dhisik, manawa slamêt bisa nêmoni pituwase. Kang mangkono iku, ki sanak, rasakna têmênan, dadi aku iki ora ujug-ujug kaya mangkene.

Ing sanalika Inbad lajêng katuwuhan manah narimah.

Dados mênggahing tiyang, wajib kêdah mangrêtos dhatêng sabab-sababing lêlampahan, awit wêdharing lêlampahan punika atêgês katrangan.

--- 1538 ---

Pambudidaya Nyirnakakên Bêbaya Oto

Ing wêkdal punika kawontênanipun pawartos ing sêrat-sêrat kabar, tanpa kêndhat tansah ngêwrat ing bab tiyang kasangsaran kaplindhês oto. Bab makatên punika tamtu andadosakên panggalihanipun ingkang wajib, tuwin tansah nindakakên pambudidaya panyêgahipun, lajêng ngawontênakên pajagèn warni-warni, dene ingkang limrah, dipun jagi ing pulisi manggèn ing margi prapatan ingkang rame. Tiyang ingkang jagi wau tanpa kèndêl tansah suka sasmita dhatêng têtumpakan ingkang langkung ing ngriku, pundi ingkang sakintên pakèwêd, lajêng dipun êndhêg. Tindak makatên wau migunani agêng tumraping papan ingkang rame. Dene tumrap tiyang ingkang lumampah dharat, manawi ngambah ing papan ingkang kados makatên punika kêdah mawas dhatêng solahipun tiyang ingkang suka sasmita, ing ngriku lajêng sagêd nyumêrêpi ing pundi margi ingkang sêla. Nanging tumrapipun papan ingkang bobênbotên. kajagi, tiyang namung kêdah nindakakên pangatos-atos, upaminipun manawi badhe nugêl margi, punika kêdah mulat ngiwa nêngên, mêndhêt sasêlaning têtumpakan ingkang langkung. Dados gumantung wontên ing kaprigêlanipun tiyang ingkang lumampah.

[Grafik]

Sapunika ing Los Angeles, Amerikah, wontên pirantos ingkang migunani agêng sangêt tumrap tiyang ingkang badhe lumampah nugêl margi. Inggih punika ing samargi-margi dipun pasangi pirantos kadosdene ingkang kacêtha ing gambar, pirantos wau wontên pejetanipun, sabên dipun pèjèt lajêng wontên balabagipun nyongat mawi sêratan mungêl Stop. Sasampunipun balabag nyongat makatên wau, têtumpakan ingkang langkung ing ngriku kèndêl sadaya, salêbêtipun 15 sêkon, têtiyang sami langkung, wusana sasampunipun 15 sêkon, balabag minglêp piyambak. Oto sawêg kenging wiwit lumampah.

Pirantos kados makatên punika gampil dipun tindakakên, sanadyan lare alit pisan inggih sagêd, awit namung kantun mèjèt kemawon, botên mutawatosi.

Botên sande ing tanah Jawi tamtu badhe wontên pirantos ingkang kados makatên punika. [punika...]

--- 1539 ---

[....]

Jagading Wanita

Pakêmpalan Wanita ing Rêmbang

Nuwun para sadhèrèk, panjênêngan sadaya sampun botên badhe anyelaki, bilih sapunika-punika wiwit pindhahing jaman wingi dhatêng jaman kamajêngan. Priya tuwin wanita sami ngêtog ing karosan ngupados sangu supados sampun ngantos klêlêp lêlumban wontên ing ombaking jaman. Ing pundi-pundi panggenan para wanita kathah ingkang sami botên purun kantun, ambujêng jangkahipun para kakung, pêpinjung tuwin rubêding tapih kumêdah kasirnakakên. Ing ngrika-ngrika kamirêngan swaraning parukunanipun para wanodya, dalasan ing pêpèrènging aldaka inggih botên beda, upaminipun ing Tumpang. Makatên ugi para kônca putri-putri ing Rêmbang, kados botên purun nêdya kantun, utawi bokmanawi risi kenging sumuking panggenan ing kiwa têngên. Pramila saking ada-adaning para pamong pawiyatan wanita Rêtna Murti, ingkang sampun cancut taliwônda, ningsêtakên kêndhoning pêpênding, nyilakakên ingkang kumlawèr, amingkis lêngênaning ponang rasukan, angêncêngakên anggêdhodhoring pêpinjung miwah kêkondhe, jumangkah angêmpalakên para wanita ingkang karsa-karsa ing saindênging kitha Rêmbang, sagêda amangunakên satunggiling parukunan. Yêktos, sadhèrèk, ing wulan punika (Nopèmbêr) parukunan wanita sagêd ambabar miyos saking guwa garba, jumênêng dados pandam pangayoman saha pangungsèn angangsu kasagêdan sawatawis, ingkang sarana tular-tumular.

[Grafik]

Murid nênun Muhamadiyah, Ngayogya, nuju ngantih.

Saking kêkêncênganing para ingkang kagungan ada-ada, parukunan wau nêdya kagantungan nama (pêparab): Susila Rêtna Indonesiah, kacêkak: SRI (S.R.I.), nanging sarèhning kagalih wontên ingkang botên mupakat, wasana lajêng kabucal: Indonesiahipun, kantun: Susila Rêtna. Ananging kadugi punika ugi nêdya kagantos malih ingkang sakintên mathuk.

Mênggah ancasing parukunan wau:

ha: sagêda sami saiyêg saabipraya (rukun).

na: angudi kagunan tuwin kasusastran sarana tular-tinular.

ca: angenggar-enggar panggalih ing kalamôngsa.

ra: angindhakakên sêsawanganing paningal sarana darmawisata dhatêng panggenan sanès.

--- 1540 ---

ka: tulung-tinulung samôngsa kasangsaran.

Ing sapunika pakêmpalan sampun anggadhahi warga 42, mandar badhe wêwah kathah malih, sarta mawi pranatan kados caraning pakêmpalan sanès.

Ingkang minôngka dados kêmudhinipun, kadadosan saking dhêdhapukaning para warga pangarsa ingkang cacahipun 9, inggih punika:

Pangarsa: Nyonyah Budi Utama (sêkhul upsinêr).

Mudha pangarsa: Nyonyah Sumitra Kusumautaya (sêkrêtaris).

Panitra: Nonah Suparyam tuwin Nonah Sumini (sami rêtna murti).

Warga ardana: Nonah Hartini (guru H.C.S.)

Panitya: Nyonyah Kartadikusuma, Nyonyah Abusana, (wadana), Nyonyah Wirya Supadma (Rêtnamurti), Nonah Umi Salamah (Rêtnamurti). (Nuwun, sadhèrèk ing Rêmbang, sampun andadosakên sêling-sêrêping panampi, mênggahing pangangge kula têmbung: nyonyah tuwin nonah, awit punika jêr têtêmbungan saking sang dyah rêtna Kajawèn ngriki, pramila sumôngga, ta, kula aturi mundhut jumênêng dados langganan).

Wasana minôngka tutuping andharan kula, kula sangêt mangayubagya adêging Pakêmpalan Wanita Susila Rêtna punika, sagêda dados pandam pangayomaning para warga tuwin anjunjung bôngsa kita, saiyêg saekapraya, tinêbihna ing gora pôncabaya, winêngkua ing suka wirya, dinirgakna ingkang yuswa, rinênggaa ing aruming gônda, widadaa punapa ingkang sinêdya. Amin.

Pak tuwa. (lêtèh).

Eman dene karangan punika botên dipun kanthèni gambar. Ing ngriki kasêsêlan gambar pamulanganipun Muhamadiyah ing Ngayogyakarta.

Red.

[Grafik]

Gambar ing nginggil punika sawanganipun ing Pasar Baru, kitha Bandhung.

--- 1541 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Bab Maos

III

Garèng: Wis, Truk, saiki caritakna nyang aku, mungguh sing dadi pathokanamu, dene kowe ngarani, yèn maca iku bisa ambêcikake basane. Awit, sing wis kêrêp tak rungoni, wong sing arêp nyinau basa, utawa arêp ambêcikake basane, kuwi dalane sing bêcik dhewe, kudu anggêre akèh kêkumpulane. Luwih utama manèh, jarene yèn tumindake kuwi mangkene: saupama arêp sinau basa Jawa sing mlêpês kae, iya kudu anduwèni bausastra wêton Sala, sing suwêngan blong. Nèk arêp kêpengin sinau basa Sundha sing lagune bisa ngombak banyu kae, iya kudu duwe buku kamus, sing nganggo klambi bayak potongan Bandhung.

[Grafik]

Petruk: Wah, nèk kaya ngono kuwi rak ora beda karo tindake priyayi, sing mundhut sangu nyang garwane, sabab arêp rundha sawêngi muput. Dadi rundhane mau mung kanggo topèng anggone arêp jêlumpêt karo garwane. Masa iya, rundha bêngi-bêngi kathik nganggo sangu barang, apa kuwatir yèn ana ing dalan nganti nunjang bakul tahu utawa bakul saoto. Mêngkono uga wong sing nyinau basa carane kaya kandhamu mau, kuwi rak mung minôngka têtopènge anggone arêp miyara ... êmbok nom. Mungguh kandhamu wong nyinau basa utawa nglantihake basane, kudu disaranani kêkumpulan, kuwi aku iya mathuk bangêt. Mung bae sing arêp dikumpuli iya kudu nganggo milih, upamane arêp ambêcikake basane Jawa, iya kudu golèk sêsrawungan karo wong sing basane Jawa isih têtêp, aja kok karo wong sing omonge Jawa upamane mangkene: Si Sinêm nika anggêre êmpun ngangge kain baru, wah, bêlagake êmpun sêpêrti nyonyah sareyan. Lha, nèk kêkumpulane karo wong sing basane Jawa kaya mêngkono kuwi, aku iya wani: jagung bakarane têmênan, yèn basane Jawa ora bakal mundhak bêcik, nanging malah kocar-kacir bênggala.

Garèng: Wèh, Truk, nèk aku nganti nganggo pamrayogamu mau, kajaba aku bakal ngalakoni dosa jalaran nyingkiri sapadhaning umat, têmtune [tê...]

--- 1542 ---

[...mtune] uripku ana ing Batawi kene iya bakal cilaka kêras. Awit ing Batawi kuwi sêsrawungane wong Jawa sing akèh-akèh rada nganèh-anèhi. Sing bisa cara Walônda, nèk kêkumpulan iya nganggo: yah nir, nin, nir, ngono kae. Dene sing ora bisa cara Walônda, gunêmane iya nganggo Mlayu-mlayu. Dalasan nèk cara Jawa bae, kuwi lageyane iya wis beda. Kaya ta upamane: yèn ana wong pêpêthukan, lo kuwi anggone nyêbawa iya ora: badhe tindak pundi, utawa saking tindak pundi, nanging jêbul: sugêng enjing, utawa: sugêng sontên, lan sapêpadhane.

Petruk: Wiyah, Kang Garèng, bok iya aja guru-guru mêmoyok, nèk ing Batawi tumindak cara kang mangkono kuwi, rak iya mèmpêr bae. Sabab kabèh-kabèh mau kagawa saka kahanane. Padhane rak aku kiyi bae, kulinaku yèn ana dhayoh mêsthi tak ropyan-ropyanake, nanging yèn aku madhayoh dhewe, nang êndi-êndi suguhane ngêmungake wedang satriya, têgêse: wedang sing kêndêl bangêt, mêtune tanpa nganggo didhèrèkake: dèn mas ondhe-ondhe utawa dèn ajêng mêniran, apamanèh mênir sêpèkuk. Ing sarèhning kahanane mêngkono, rak iya wis mêsthi bae, ta, yèn suwe-suwene aku banjur niru, yèn ana dhayoh mung tak suguhi anggur aliyas ora barang-barang. Mulane kowe aja gumun, ing Batawi ana tumindak sing mangkono mau. Ewadene sanadyan mêngkonoa, rak iya mêksa isih ana, ta, wong sing isih bêcik, ganêp lan anêngênake Jawane mau. Malah sing klambi lurik ngaloncèr cara Yoja, utawa gundhul ikêt-ikêtane isih nyêkok ambêndhol, uga isih bal-balan. Mungguh pandakwamu aku mrayogani supaya nyingkiri sapêpadhaning umat, kuwi kaliru, Kang Garèng. Karêpku mangkene: samôngsa niyatku mau sumêdya angrêmbug prakara liya-liyane kajaba basa, iya wis mêsthi yèn aku ora bakal nampik utawa milih tumraping pasrawungan sapadha-padha mau. Nanging yèn pancèn prêlu aku arêp sinau basa, saolèh-olèh aku iya kudu milih pasrawungan karo wong sing dak kira isih ganêp basa lan cara Jawane. Kajaba iku aku iya isih kudu maca buku karangane para ahli basa.

Garèng: Truk, la nèk maca layang kabar utawa kalawarti, kuwi apa iya kêna kanggo ugêr tumrap pasinaon basa.

Petruk: Yèn tumrap layang kabar, utawa kalawarti, kuwi sabênêre ora kêna kanggo paugêran utawa kanggo tuntunan ingatase wong marsudi basa, jalaran ing layang-layang kabar utawa kalawarti kuwi lumrahe sing diprêlokake bangêt mung bab isine. Sabab ing kono pancèn mung kanggo angrêmbug prakara umum. Kajaba ta yèn kalawarti sing pancèn ngrêmbug bab basa, kaya ta upamane: Pusaka Jawi.

Garèng: Nèk mangkono larase, saikine genea kalawarti Kajawèn kok dianggo wacan ana ing sêkolahan normal, môngka dudu pangrêmbug bab basa. Lagi tataning panulis bae, ora nêtêpi pranatan sing wis dianakake putusan ing Sriwêdari, apamanèh panganggone aksara murda, la kuwi saya pating kroncal têmênan.

--- 1543 ---

Petruk: Iya Kang Garèng, mula bênêr mangkono. Awit sajatine Kalawarti Kajawèn kuwi, sing ditêngênake bab isèn-isène kang mikolèhi lan migunani tumrap umum. Bab basa lan tataning panulis iya dirêmbug, nanging ora pati diwigatèkake bangêt-bangêt, jalaran karampungan ing Sriwêdari mau saka panêmuku dhewe isih ana sing durung maton, lan aku krungu warta srêming-srêming ana salah sawijining sarjana sing bakal ngrêmbug manèh karampungan mau murih sampurnane. Kajaba iku sing sêkolahan normal kono rak iya wis diwulang bab tatanan panulis miturut apa mêsthine, utawa miturut karampungan Sriwêdari mau. Dadi sanadyan Kajawèn kanggo wêwacan ana ing sêkolahan normal, kuwi ora ana pakewuhe saupama ing kono tinêmu tulisane sing anggronjal, lan kaliru panulising aksara murda sapiturute. Sing luwih prêlu diwigatèkake isining kalawarti.

Garèng: La, nèk mangkono kuwi rak mung nusahake guru bae, sababe guru mêsthi banjur dibantah muride, upamane mangkene: guru mulang muride, yèn nulis: nata, kuwi na ne ora nganggo aksara murda, nanging ana ing Kajawèn si murid mrangguli: nata, na ne ditulis nganggo aksara murda, kang mangkono mau rak bisa kalakon si murid banjur pitakon nyang gurune: Lo, bêndara guru, pundi ingkang lêrês, nata ingkang mawi aksara murda, punapa ingkang mawi aksara alit.

Petruk: Nèk ana murid duwe pitakonan marang guru sing mangkono mau, wangsulane rak gampang bae, ingatase murid normal, sing ing têmbe uga bakal dadi guru, kang kudu diturut ing muride, saiki iya kudu nurut apa piwulanging gurune.

Garèng: Yak, wong kowe sing ora ngrasakake dadi guru, iya kêpenak bae pikirmu. La wong aku sing mung sinau jogèd bae, diwulang guruku nèk tiba gong sikile têngên kudu ditibakake, barêng ana wong sing kôndha kadhangkala yèn tiba gong kêna sikile kiwa sing ditibakake, mèh bae tak jak plothot-plothotan wudun jarene. Wis, wis, liya dina bae padha dibanjurake.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun kapal api Kota Agung ingkang sawêk kacobi lêlayaran wontên ing palabuhan Rotêrdham nagari Walandi.

--- 1544 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indonesiah

Pamulangan têtanèn têngahan.

Kang wisudha dados dhirèkturing pamulangan têtanen têngahan ing Bogor, Tuwan Dr Th. Valeton, samangke taksih wontên salêbêtipun pêrlop.

Tulah sêtanplat.

Kasêbut ing kêkancingan nagari, tulah sêtanplat tumrap Tanah Merah (Dhigul nginggil) ingkang suwau 3% saha kathah-kathahipun f 15.-, kadadoskên 5% saha kathah-kathahipun f 25.-.

Bale Agung.

Sêdyatama martosakên, benjing awaling wulan ngajêng punika pakêmpalan Budi Utama, pakêmpalan kawula Ngayogyakarta saha P.P.K.D. (Pakêmpalanipun Para Katolik Jawi) badhe sêsarêngan ngawontênakên parêpatan umum wontên ing Ngayogya, badhe angrêmbag bab Bale Agung.

Kandhidhat-kandhidhat warga rad kawula tumrap bôngsa Arab.

Bôngsa Arab sampun angajêngakên kadhidhat-kandhidhatipun kangge rad kawula kados ing ngandhap punika:

1. A. R. Alaidrus, sudagar ing Jatibaru (Wèltêprèdhên), 2. Husèn Bamasmus, warga rad propinsi Jawi Kilèn saha juru basa ing kantor prakawis tiyang siti, 3. Abdulrahman Bin Abdulkadir Bin Alaidrus (Bêtawi), 4. Sayid Ismangil Bin Abubakar Alatas (Wèltêprèdhên) 5. Mohamad Bin Alatas (Wèltêprèdhên).

Pos Sêparbang.

Salêbêtipun wulan Sèptèmbêr 1930 arta ingkang katitipakên ing up Kantor Pos Sêparbang ing Wèltêprèdhên gunggung wontên, f 1.342.887.91, inggih punika saking bôngsa Eropah f 778.283.33, saking bôngsa pribumi f 456.462.93 saha saking bôngsa mônca wetanan, f 108.141.65. Arta ingkang kapêndhêt wangsul gunggung wontên, f 1.244.197.49, inggih punika bôngsa Eropah f 750.392.36, bôngsa pribumi f 392.529.24 saha bôngsa mônca wetanan f 101.275.89.

Konggrès P.P.I.I.

Miturut Bat. Nwsbl. Rancanganing konggrès Persatoean Perkoempoelan Istri Indonesia ingkang badhe dipun wontênakên ing Surabaya wiwit tanggal 13 dumugi tanggal 18 Dhesèmbêr, kados ing ngandhap punika:

Malêm Ngahad 13 Dhesèmbêr: pêpanggihan, lajêng parêpatan tutupan, Ngahad enjing, 14 Dhesèmbêr: parêpatan umum, dalunipun parêpatan tutupan. Sênèn enjing, 15 Dhesèmbêr: parêpatan tutupan, dalunipun parêpatan umum. Sêlasa enjing 16 Dhesèmbêr: parêpatan tutupan dalunipun gêbyagan tonil mêndhêt saking pararaton. Rêbo enjing, 17 Dhesèmbêr: parêpatan tutupan, dalunipun parêpatan umum. Kêmis 18 Dhesèmbêr, darmawisata dhatêng panji-panji umum saha kêbon raja. Malêm Jêmuwah, dhahar kêmbul minôngka mungkasi konggrès.

Ingkang badhe karêmbag ing parêpatan umum inggih punika bab: papaking wêwênangipun kaum èstri, wêwênang amilih tumrap tiyang èstri pribumi, panggulawênthahing lare tuwin sanès-sanèsipun.

Up komite konggrès Lahor.

Kala tanggal 24 Nopèmbêr ingkang kapêngkêr ing Bêtawi sampun kaadêgakên up komite kanggo konggrès ing Lahor. Pangrèhing komite wau inggih punika, Nyonyah Sri Mangun Sarkara, pangarsa, Nyonyah Dhatuk Tumênggung, panitra, Nyonyah Kusuma Utaya, artaka saha Nyonyah Tamrin tuwin Nyonyah Suwandi, panitya. Ingkang minôngka parampara inggih punika tuwan-tuwan: Kusuma Utaya, Mr. Adi, Tamrin saha Dr. Kayadhu.

Stovia.

Lulus pandadaranipun, Indisch arts perangan ingkang kapisan, Tuwan Abdulmuluk (Padhangpanjang).

Môngsa malèsèt.

Miturut pawartosipun panuntuning maskape timah ing Biliton, maskape wau sampun ngêdalkên punggawanipun bôngsa Eropah 30 saha kuli-kulinipun bôngsa Tionghwa 2000. Pêlikan timah ing Kotabaru (Sumatra Têngah) katutup.

Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

Kala tanggal 22 Nopèmbêr ingkang kapêngkêr Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan sakalihan Kangjêng Ratu Mas saèstu kaparêng têdhak dhatêng wêwêngkon Madiun. Wontên ing Ngèrèng ingkang sinuhun kapapagakên dening residhèn ing Madiun tuwin asistèn residhèn saha bupati ing Magêtan, sarawuhipun ing Hotèl Sarangan ingkang sinuhun kinurmatan dening para pangagêng. Dintên Ahad ingkang sinuhun sapandhèrèk têdhak mirsani rawa Ngêbêl.

Pos anggêgana.

Kala tanggal 25 Nopèmbêr ingkang kapêngkêr mêsin mabur pos saking nagari Walandi ingkang dipun kêmudhèni Tuwan Smirnoff sampun dumugi [du...]

--- 1545 ---

[...mugi] ing Cililitan kanthi wilujêng. Mêsin mabur wau gagrag agêng modèl Fokker saha mawi pirantos radhio.

Têdhak dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana.

Miturut pawartos Aneta saking Bangkok, dintên Kêmis tanggal 20 Nopèmbêr ingkang kapêngkêr Kangjêng Tuwan Ingkang WicakpanaWicaksana. GunêrnurGupêrnur. Jendral sasampunipun dhahar dhine wontên ing dalêmipun ministêr sajawining praja lajêng sinugata bêksan Siyêm.

Malêm Sêtu Kangjêng tuwan Ingkang Wicaksana sinugata dhahar dhine wontên ing dalêmipun Gêsan praja Nèdêrlan. Nata ing Siyêm sakalihan pramèswari dalêm ugi kaparêng rawuh.

Dintên Sêtu saha Ngahad Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana kaparêng têdhak dhatêng Taluwang, Bangpaèn, saha Ayudya, malêm Sênèn sinugata dhahar dhine ing gêdhonging Gêsan praja Nèdêrlan, Sênèn enjing lajêng kondur angajawi. Rawuhipun ing ngriki kadugi malêm Ngahad tanggal 30 Nopèmbêr punika.

Ganjaran bintang saking karajan Bèlgi.

Saking Bogor kawartosakên bilih miturut kêkancingan nata kaping 6 Oktobêr Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral kaparêngakên ngagêm bintang Grootkruis Kroon Orde nagari Bèlgi ingkang kaganjarakên dening nata ing Bèlgi.

Grêbong-grêbong S. S. enggal.

A.I.D. martosakên, S.S. badhe damêl Grêbong-grêbong enggal, klas 2 saha klas 3 wontên ing bingkilipun ing Bandhung saha Manggarai. Wragadipun f 370.000.-.

Lindhu ing Jêpan.

Kabar-kabar kawat saking Tokiyo martosakên bilih ing Jêpan katrajang ing lindhu malih, nuwuhakên pintên-pintên karisakan saha kasangsaran.

Tanggal 25 Nopèmbêr punika Koninklijk Magnetisch en Meteriologisch Observatorium ing Bêtawi anyathêt lindhu saking lèr wetan, têbihipun 5800 k.m. cathêtan punika cocog kalihan pawartos-pawartos saking Tokiyo.

Clèrèt taun.

Mataram martosakên, dèrèng dangu wêwêngkong ing Wêdhi sakiduling Klathèn katrajang ing clèrèt taun. Ing dhusun Pêku saha Kalitêngah clèrèt taun wau sampun nuwuhakên karisakan pintên-pintên.

Sarêng kalihan clèrèt taun wau ing sacêlakipun Dêlanggu wontên tiyang kalih kasambêr ing gêlap, kalih-kalihipun sami kabêkta dhatêng griya sakit.

Rêdi Mêrapi

Saking Magêlang Aneta martosakên, wiwit malêm Sênèn ingkang kapêngkêr rêdi Mêrapi kamirêngan anggêrêng. Malêm Salasa ngêdalakên lahar, mili dhatêng jurang Blongkèng. Dintên Rêbo panjanging laharipun wontên 7 utawi 8 kilo mètêr.

Asiyah.

Lindhu Agêng ing Jêpan.

Miturut kabar kawat saking Tokiyo kala tanggal 25 Nopèmbêr ingkang kapêngkêr kitha Misimah saha Numasu katrajang ing lindhu agêng. Wiwitipun kraos wanci jam 4 enjing, dangunipun10 mênit. Lindhu wau nuwuhakên karisakan saha kasangsaran pintên-pintên jalaran sakèndêling lindhu lajêng tuwuh kêbêsmèn.

Pangagênging pulisi ing Syisuwokah martosakên dhatêng up kwartiring pulisi ing Tokiyo bilih ing kadhistrikanipun cacah tiyang ingkang nêmahi kasasarankasangsaran. wontên 900. Miturut pratelanipun Centraal observatorium lindhu wau ing sisih kilwèn kraos dumugi Osakah, ing sisih lèr dumugi Maebasi saha Takatah.

Kawontênan-kawontênan ing Indhia Inggris.

Ing palapuraning parentah Indhia Inggris kasêbutakên, tumindaking konpêrènsi Round-Table dipun gatosakên sangêt dening tanah Indhia.

Kawontênaning tanah Indhia Inggris kenging kawastanan sampun sae. Ing Bihar saha Orisah wontênipun ebah-ebahan mogok ambêguguk sampun kathah mêndhanipun. Ing Benggalèn para jagi dhusun ingkaingkang. sami mêdal sampun sami purun nyambut damêl malih. Ing propinsi-propinsi sarekat sampun katingal têntrêm, ing Asam sampun têntrêm babar pisan, ing Dhèli tumindaking ebah-ebahan sampun kathah mêndhanipun.

Ing Gujarat tumindaking ebah-ebahan amêngsah parentah sampun suda. Ing Bombai sampun têntrêm babar pisan.

Eropah

Cacahipun tiyang ingkang nganggur ing Inggris.

Londhon, 25 Nopèmbêr (Aneta-Reuter). Cacahipun tiyang ingkang nganggur ing Inggris sadaya wontên 2.285.987, etangipun langkung 24.210 katimbang minggu kapêngkêr.

Cacahipun tiyang ingkang nganggur ing Jêrman.

Bêrlin, 25 Nopèmbêr (Aneta-Reuter). Miturut pratelan tanggal kaping 15 Nopèmbêr Cacahipun tiyang ingkang nganggur ing Jêrman wontên 3.494.000, etangipun wiwit 1 Nopèmbêr sampun mindhak 200.000. Têtiyang wau ingkang 2/3 angsal pitulungan saking parentah.

Wangsulan saking Redhaksi.

Tuwan P. Mustaka ing Mantingan. Ngahad Paing wulan Januari 1910 dhawah tanggal 9, môngsa kapitu tumindak 19 dintên wuku Wugu, Aryang.

Tuwan S. Suraya, ing Ngayogya. Karangan kanthi gambar sampun katampèn, nanging botên kapacak, amargi kamanah sampun ragi kasèp.

--- 1546 ---

Wêwaosan

Sêrat Badhakacayana

6

IV Putri nata Langka ingkang nama Dèwi Citra.

[Kinanthi]

kacarita têtêp lulus / Badhakacayana Dèwi / dènira ginarwa nata / anggung suka ing panggalih / tan pisan rasa kuciwa / ginarwa nata linuwih //

ing warna tan pisan surut / malah saya anglangkungi / dadya sêsêkaring pura / sapraja tan ana mirib / sanadyan ing mônca praja / praèstri surêm ing warni //

saking dahat dènnya punjul / kathah putri kang sumiwi / non sulistyèng warnanira / kang mulat satêmah asih / baya wus aran sanyata / ayu cinakêt dewadi //

para kawula kadhatun / samya asih sarwa bêkti / anganggêp mring gustinira / datan pae widadari / awit sang putri sanyata / lêpas sampurna ing budi //

sanadyan ta sang aprabu / asihira kanthi ering / dening sri nata uninga / maring lêpasing panggalih / tan mawang dupèh wanita / kang lumrah ingaran ringkih //

malah tan kêndhat tinêmu / sri nata anggung anggusthi / prakara babagan praja / kalawan jêng pramèswari / sanyata datan kuciwa / panimbangira pratitis //

datan pae kadi kakung / titising sabda ngrampungi / marma sang dèwi tan kêndhat / anggung tumindak ing kardi / lir tataning mêngku praja / salwiring rèh nguningani //

ing satêmah mawèh tuwuh / sêtyaning kawula sami / rumasa yèn winisesa / nata ambêg sadu budi / cinakêtan pramèswara / kang nyata putri linuwih //

sawusing antara dangu / sri nata Langka tumuli / atur warta maring rama / Prabu Pandhu miwah sori / yèku jêng sori Susimah / bab rahayuning putraji //

dènira wêwarta wau / sinangkanan saking wiwit / duk sang putri praptèng Langka / kongsi praptanira mangkin / jumênêng garwa narendra / amêngkoni Langka puri //

dupi pramèswari prabu / Badhakacayana Dèwi / mirêng warta lamun nata / wus wêwarta mring ramaji / dahat sukaning wardaya / tan nuwuhkên walangati //

anênggih mangkya winuwus / pra rakanira sang sori / yèku kang para pangeran / pêpitu kawarnèng ngarsi / arsa têtuwi mring Langka / nuwèni jêng pramèswari //

apan kalampahan sampun / pra pangeran bidhal sami / sarêngan marang ing Langka / mung pangran sêpuh kang kari / rumêksa ing ibu rama / dening wus yuswa ing mangkin //

kang pangeran nêm winuwus / wus prapta ing Langka sami / pinêthuk Sri Wasudewa / dahat dènira ngurmati / tan kêndhat sinubya-subya / dening katêmbèn pinanggih //

nulya lan sori pinangguh / samya nêng-onêngan galih / saking dènnya samya suka / sêsulaking netya kèksi / kang netra kumêmbêng waspa / kongsi tumètès lir warih //

lêganing panggalih prabu / kasok datanpa upami / miwah katuwuhan trêsna / maring para raka sami / kongsi rumasa santosa / yèn lulusa karsa nunggil //

marma sawusira dangu / pra pangeran dènnya tuwi / lan kawuryan samya rêna / Pandhu Wasudewa Aji / kawiyos ing pangandika / mêmurih katrêma sami //

Mangkana wahyaning wuwus / dhuh paduka mugi-mugi / kaparêng sami têtêpa / wontên ing Langka ngrênggani / amrih nyantosani praja / kinèringan ing sêsami //

sintên kang wajib anjunjung / luhuring praja ing ngriki / tan liyan amung paduka / amêmayu nyantosani / kang mangkana kaparênga / samya lulusa nênggani //

mênggah kawontênanipun / ing ngrika-ngrika pan sami / prajanta ugi ing Langka / ing Langka makatên ugi / têtêp ing panganggêpira / mring praja paduka sami //

wêkasan mangkya tinêmu / pra pangeran mituruti / têtêp anèng praja Langka / samya sayuk angêmbani / mring tataning arjanira / sadaya tan nguciwani //

sri nata nulya amangun / tatanan anggêr nagari / sinrahkên para pangeran / mrih ambiyantu nindaki / ywa sêmang dènnya mranata / tata kang tumindak bêcik //

para pangeran wus saguh / nulya tumindak ing wajib / titi tan ana kuciwa / antukira makolèhi / kongsi araning pranatan / mèt asmèng kang mandhegani //

arjaning praja tinêmu / pra kawula Langka sami / suyud maring ratunira / kanthi sumendhe ing adil / kang tan kêni winancenan / malah linuhurkên sami //

wusing praja têntrêm lulus / angayêmi ing sabumi / Dèwi Badhakacayana / datan dangu anggarbini / diwasanira pêputra / miyos kakung langkung pêkik //

dahat suka rama ibu / myang pra uwa asih sami / nulya sinungan pêparab / Sang Abaya amantêsi / pinuji diwasanira / mrih dadya satriya luwih //

apanci nêkak ing wuwus / nênggih kangjêng pramèswari / tumaruntun apêputra / samya kakung pêkik-pêkik / kongsi pêputra sadaya / tan wontên ingkang nyêlani //

ing mangkya wêkasanipun / sang putri pêputra malih / miyos putri langkung endah / putra-putri muragili / kalangkung dinama-dama / ingkang ibu dahat asih //

jêng sori miwah sang prabu / paring pêparab mantêsi / yèku aran Dèwi Citra / datan pisah rina wêngi / kang ibu panganggêpira / dadya têlênging mêmanik //

dènirantuk sihing ibu / ketang dening putra-putri / miwah pinunjul ing warna / lir jambe sinigar palih / lan ibu wus datan siwah / rêspatinira nêrusi //

dupi sang rêtnaning ayu / wus agêng saya katitik / amimbuhi endahira / mèh ngasorkên Sri Supatni / iba sawusing diwasa / sayêkti tan ana mirib //

kira kang mangkana tuhu / ing wuri têka nêmahi / dupi sang putri wus yuswa / jangkêp kalih wêlas warsi / sulistyaning warnanira / tan kêni ingucap malih // (Badhe kasambêtan)

--- 33 ---

Nomêr 9 taun I

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn kawêdalakên sabên Sabtu.

Bocah Jajan Jamu

Ana bocah dhêmên jajan, sabên duwe dhuwit ora kobêr lèrèn ana kanthongan. Êmbokne iya wis kêrêp ngelikake, aja dhêmên jajan, yèn duwe dhuwit kon nyèlèngi, nanging ya ora tau kalakon, sabên diuwèhi dhuwit êmbokne, têrus bae dijajakake.

Wayah esuk êmbokne bocah mau arêp mênyang pasar, sadurunge mangkat undang-undang anake: Wèr, (bocah mau jênênge Klawèr) aku arêp mênyang pasar, tunggua omah.

[Grafik]

Klawèr: Tinggalan, ta.

Êmbokne: Wong arêp ditinggal nyang pasar bae têka anjaluk tinggalan. Wis, nya, limang sèn, ning dicèlèngi.

Saungkure êmbokne, Klawèr dolan ana pinggir dalan, golèk wong dodol, nanging ora ana wong dodol liwat, dhuwite mung digêgêm bae.

Ora suwe ana kancane dolan sing têka, jênênge Surip. Klawèr banjur kôndha: Rip, dolan kene, mêngko tak jajakake sabenggol.

Surip: Kowe sugih dhuwit, Wèr.

Klawèr: Iki limang sèn. Ayo padha dolanan bae dhisik.

Surip: Dolanan apa.

Klawèr: Anu, lumpat-lumpatan kaya nyodhowèk. Ngene, tak wuruki, kowe anjungkêla, tanganmu padalna dhêngkul. Na, ngono. Mêngko aku sing nglumpati, ngene. Klawèr banjur nglumpati: jèlêg.

Surip: Iya, wis, aku ya bisa. Wis mapana. Surip banjur mlumpat: tèplêk.

Klawèr: O, aja mandhêg ana gêgêr ngono, abot. Rak ya têrus malumpat.

Surip: Aku awang-awangên, wêdi yèn kêrungkêp.

Bocah loro têrus padha dolanan, barêng wis padha bisa, tansah gênti-gêntèn, suwe-suwe padha kêsêl, wêtênge luwe.

--- 34 ---

Klawèr ngajak lèrèn: Wis, ah, wêtêngku ngêlèh. La kae ana wong dodol srêbat, tuku: Pak. Dolana, aku sabenggol, Surip sabenggol.

Klawèr banjur didoli samangkok, diombe: Glênggêng, cumir-cumir. Lagi ngrêti yèn sing dituku mau jamu godhogan. Nanging Klawèr mênêng bae, malah banjur ngatag mênyang Surip: Ayo Rip, diêntèkake.

Surip: Ah, jamu. Aku ora doyan.

Klawèr: Ya, coba aja koêntèkake, tak taboki, kowe.

Surip wêdi, iya banjur diêntèkake.

Sawise rampung, bocah loro tansah cah-cuh idu, cangkême isih krasa pait. Ora suwe êmbokne Klawèr têka, Klawèr mênêng bae, ora gêlêm kôndha êmbokne. Nanging êmbokne banjur takon: Dhuwitmu kojajakake apa, Wèr.

Surip sing mangsuli: Dijajakake jamu pait, aku ya diwèhi.

Embokne: Enak, Wèr.

Klawèr mêmbik-mêmbik nangis, sambat wêtênge ngêlèh. Banjur dikon madhang.

Ni Thowok

II

Wayah sore rêmbulane wis trontong-trontong andadari, bocah-bocah atine padha bungah, tabête adus ing wayah sore isih krasa adhêm ana ngawak. Bocah-bocah wedok sing padha gawe Ni Thowok wis padha ngêlumpuk, sing sabageyan padha linggih kêpung ana ing panggonan sing arêp kanggo dolanan, sing gêdhe-gêdhe padha mênyang ing jaratan, arêp anjukuk Ni Thowoke.

Ing sore mau ana bocah-bocah lanang sing wis padha ngrêti, yèn ing bêngi kuwi ana bocah wedok sing gawe Ni Thowok, bocah-bocah lanang mau nêdya arêp ambeda, sing manggêdhèni Si Bêja. Bêja kuwi pancèn andhugal cilik mula.

Sadurunge bocah-bocah wedok têkan ing jaratan, Bêja sakancane wis andhisiki mênyang ing jaratan, banjur andhêlik aling-alingan wit têdhe.gêdhe. Ora suwe cah wedok padha têka, Sariyêm sing dadi pangarêp, ditêrke êmbahne saka kadohan. Sawise têkan panggone Ni Thowok, Sariyêm banjur andhodhok karo muni: ingkang ambaurêksa ing ngriki, Nini Thowok kula suwun, Bêja krungu uni mangkono mau banjur nyuwara, dikêdhèk-gêdhèkake,digêdhèk-gêdhèkake. iya, nggèr, iya. Muga-muga dadia.

Bocah akèh barêng krungu suwara ngono mau banjur ngèwèl, malah ana sing anjêrit. Êmbahne Sariyêm barêng krungu banjur marani karo takon: Genea, genea.

Sariyêm mangsuli kamisosolên: Gêndrul, mbah, gêndrul. Karêpe arêp muni gêndruwa.

Êmbahne Sariyêm banjur andhodhok karo muni, kyai sampun ganggu damêl dhatêng putu-putu kula.

--- 35 ---

Bêja krungu uni mangkono mau kêsusu mangsuli: Iya, iya, ndhuk.

Êmbahne Sariyêm krungu diêdhuk-êndhuk mau anjênggirat, nanging barêng cêtha sing nyuwara bocah, banjur ngadêg nyat, marani, wusana bocahe ketok padha mlayu. Êmbahne Sariyêm nudingi karo nêpsu, ya, ya, ora gênah, wong tuwa digawe dolanan, wis ayo Ni Thowoke dijukuk.

Bocah-bocah sing mêthuk banjur anjukuk Ni Thowok digawa mulih malêbu mênyang desa. Barêng lakune wis têkan ing dhadhah, bocah akèh padha bêbarêngan muni mangkene: Bageya, bageya, bok lara lagi têka. Bageya, bageya, bok lara lagi têka. Bocah-bocah sing padha muni mangkono mau nganti suwe.

Barêng anggone anggawa Ni Thowok wis têkan panggonan sing wis disadhiyakake, banjur dipapanake, Ni Thowoke diarêpake ngetan, ngarêpake rêmbulan, ana bocah loro anggocèki sondhèring Ni Thowok kiwa têngên, sarta banjur diumbal-umbulake ana sadhuwuring tampah karo dibarung uni mangkene: Ni Thowok, Ni Thowok, gayur-gayur dithothok, dithothok sêtêlung gandhok, ubêngêna nyang sênthongan, ramèkêna bocah dolan surowak: iyo. Mangkono bola-bali ngankinganti. suwe.

Wiwit mau bocah nonton kaya disotkake,disokake, sing bocah wedok padha milu sindhenan, sing bocah lanang broak-braok nyênggaki, sing akèh malah padha ambêbeda. Adhakan dadi muring-muringe bocah wedok.

Sapa sing Ora Anggugu Pitutur, Mêsthi Bakal Kojur

Ana sawijining nini-nini kang bangêt anggombale. Omahe cilik tur wis bobrok. Yèn udan mêsthi katrocohan lambah-lambah. Yèn kabênêr padhang bulan, ni tuwa mau ora susah nyumêd diyan, jêrone omah wis katon padhang anjingglang. Sandhangane mung gantung kêpuh. Yèn dikumbah ora tau disampirake ana memehan, têrus bae disampirake ana ngawak. Mula yèn kabênêr môngsa adhêm, nini-nini mau iya banjur dadi nini katisên, andhêrodhog, jaluk kêmul, kêmul adhêm. Pagaweyane nini-nini mau sok adol jamu. Nanging sarèhne awake wis ringkih, dadi olèhe dodolan mung kasambi kalaning ènthèng awake. Dene pangane mêsthi bae ora bisa ajêg, sadina mangan sadina ora. Sanajan nini-nini mau uripe kaya ngono sangsarane, ewadene sarèhne duwe ati narima, iya dilakoni kanthi sênêng.

Nini-nini mau duwe kônca tunggu omah siji, iya iku kucing gêring. Dhèwèke trêsna bangêt mênyang kucinge. Yèn turu disandhing, yèn mêlèk sok dililing, yèn madhang sok tunggal ajang. Manawa kabênêr [ka...]

--- 36 ---

[...bênêr] mênyang pasar, kucinge sok diolèh-olèhi karag gêndar. Cêkakê plêk kaya êmbah karo putune. Sanajan kucing mau ditrêsnani kambi sing duwe, nanging ya ajêg mênggrik-mênggrik bae, la wong mangane ora mêsthi. Mula kucing mau awake prasasat mung balung karo kulit. Wulune anjêgrik arang-arang, gulune mêrit ngolan-olan, matane kriyip-kriyip nanggal sapisan, manawa lumayu mung klêlar-klêlêr ora bisa bantêr. Gampangane kucing mau uripe iya sangsara kaya sing duwe. Dhèwèke ora tau saba adoh, klithak-klithik iya mung ana jêron omah. Kadhingkala sok mêtu mênyang pakarangan.

Kahanan ing ngalam donya iku ora bisa ajêg. Sadhela bungah, sadhela susah. Tarkadhang nêmu bêgja, nanging iya sok cilaka. Mangkono uga uripe nini-nini karo kucing gêring, iya ora têrus sangsara kaya sing wis dicaritakake, nanging mêsthi iya nganggo kapenak barang.

Anuju wayah asar èndhèk, nini-nini kabênêr thênguk-thênguk ana latar kambi metani kucinge. Dumadakan ing dalan ngarêp omahe, ana wong ngêmban anak nyangking buntêlan ambêntoyong, lakune arêrikatan. Dilalah kêsadhung nganti tiba. Nini-nini barêng wêruh mêsakake bangêt, mula banjur krengkang-krengkang marani sing tiba mau sarta ngiling-ilingi. Sing tiba pancèn ya rêkasa tênan, awit tangane sing ngêmban katêkuk nganti kasliyo, dene bayine mung bênjut sirahe, jalaran katanggor ing bata. Wong wadon sak anake sing kacilakan mau, banjur dikon lèrèn dhisik ana panggonane nini-nini, sarta digawèkake borèh lan wêdhak. Satêmêne wadon sing tiba mau bojon guru sêkolah, karêpe arêp tilik wong tuwane sing ana desa. Sarèhne wis rada kasorèn, dadi lakune kasusu, wasana nêmu sabab ana ing dalan. Dadi saiki kapêksa lèrèn ana ngomahe nini-nini dhisik, nini-nini anggone ngopèni dhayohe andêmênakake bangêt. Tangane sing kasliyo diurut-urut, sarta ora lali diborèhi. Barêng esuke sing lara wis rada kapenak, mula banjur pamit arêp ambacutake laku, lan ora kalalèn ngucapake panarima marang nini-nini mau, apadene ninggali dhuwit sakmurwate.

Wiwit nalika iku, nini-nini mau banjur misuwur yèn bisa nambani wong lara. Mula banjur byuk-byukan wong kang padha têka anjaluk tômba marang dhèwèke, lan uga akèh sing jodho. Suwe-suwe nini-nini mau dadi dhukun sing pêng-pêngan. Dene prakara têkane punjungan saka wong sing padha waras, sabab tambane nyai dhukun mau, aja takon. Sabên dina tumpêng utawa ambêng tansah andalidir bae. Kajaba iku sing padha têka gone nyai dhukun, akèh sing anggawa gula tèh, bêras, iwak lan panganan, mulihe padha ninggali dhuwit. Cêkake nini-nini sing maune miskin, bisa dadi jibar-jibur. Omahe wis brukut, tur diapikake. Wahna nganggo diwuwuhi pandhapa lan gandhok. Lah, kucinge kapriye, mêsthine bae kucinge iya mèlu thepla-thèplu. Prakara pangan ora kurang. Manawa mangan yèn ora nganggo iwak gêpukan ora doyan. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]