Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1927-02, #1641

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1927, #1641
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1927-02, #1641. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #366.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1927-05, #1641 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #367.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1927-06, #1641. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #368.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1927-08, #1641. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #369.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1927-09, #1641. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #370.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1927-10, #1641. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #371.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1927-12, #1641. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #372.

Ôngka 6, 7 Ruwah Taun Wawu 1857, 10 Pèbruari 1927, Taun II.

Sêrat Minggon

Kajawèn

Bale Pustaka=Wèltêvrèdhên.

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Kalantipaning Lare Sapihan

a. Kula gumun dhatêng pun thole, namung pintêripun, tiyang nalika dipun sapih punika, lajêng botên kèngêtan nêsêp babar pisan. Pancèn lantip, ngrêtos manawi dipun pênggak anggènipun nêsêp.

b. Mangsuli sêmu ewa: la pun Saliya, anak kula, nalika dipun sapih biyungipun, lajêng sagêd mungêl: aku mik imunadhê ae. Hara punapa botên lantip.

c. Nyambêti glayêm-glayêm: hêm, saya anak kula pun Salima, nalika dipun sapih punika mawi dipun wicantêni biyungipun makatên: le, wis, aja nusu: ya, madhang bae. Wangsulanipun: iya, ning nganggo sambêl. Cobi wontên lare têka lantipipun kados makatên.

d. Nyambêti sajak ngrèmèhakên rêmbag sadaya wau: hêm, tiyang kalantipan kados makatên kemawon dadak dipun pamèrakên, cêkakipun sadaa wau dèrèng wontên ingkang kados Salimin, cobi kula aturi anggalih, sawênèhing dintên Salimin mantuk saking angèn, dumugi ing griya lajêng kêdhêpês sila wontên sangajênging biyungipun tuwin wicantên, tur basa, têmbungipun: biyung, sarèhning anggèn kula angèn maesa têbih, kula nyuwun dipun sapih kemawon. Biyungipun mirêng têmbungipun Salimin makatên wau lajêng sêdhakêp, gêdhêg-gêdhêg tuwin wicantên: e, e, ana bocah lantip têka samono, dalah sapih bae bisa nêmbung dhewe.

[Iklan]

--- [81] ---

Ôngka 6, 7 Ruwah Taun Wawu 1857, 10 Pèbruari 1927, Taun II.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Kêmis

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Acih

[Grafik]

Nginggil punika gambaripun satunggiling pêkên ing Acih.

--- 82 ---

Paduka Tuwan Prof. Dr. C. SNOUCK HURGRONJE

Para maos tamtunipun sami botên kakilapan, sintên paduka Tuwan Prof. Dr. C. Snouck Hurgronje punika, inggih punika satunggiling pujôngga agêng ing nagari Walandi, ingkang misuwur asmanipun ing saindênging bawana. Sasampunipun sawatawis taun ngasta adpisur Inl. Zaken ing tanah Indiya ngriki, wasananipun lajêng katêtêpakên dados guru agêng ing pamulangan ruhur ing Leidhên. Samangke sampun kalêrês yuswa 70 taun, saha lajêng sèlèh pakaryan. Ing sarèhning paduka Tuwan Prof. Dr. C. Snouck Hurgronje wau, kathah sangêt lêlabêtanipun tumrap bôngsa Indiya ngriki, saya malih tumrap golongan Islam, amila sampun dados wajibipun tuwin pantês sangêt Kajawèn angandharakên sawatawis mênggah lêlampahanipun sang minulya wau.

Sayêktosipun angèl sangêt angandharakên lêlampahanipun paduka Tuwan Prof. Dr. C. Snouck Hurgronje ingkang tanpa anyariyosakên padamêlanipun. Ing ngriki kenging kacariyosakên, bilih padamêlan inggih lêlampahanipun, lêlampahan inggih padamêlanipun. Mila inggih awis tiyang pintêr tur wêkêl ing damêl kadosdene paduka Tuwan Prof. Dr. Snouck punika.

Mênggah têbaning padamêlan ingkang dipun sarirani kanthi lumintuning panggagas ing salêbêting sanubarinipun Tuwan Prof. Dr. Snouck punika sayêktos botên nama alit. Tumrap pangudinipun sawarnining kawruh wetanan ingkang saya dangu saya kêcukup tuwin anyêkapi, wontên saperangan ingkang prasasat dipun lêmparakakên, inggih punika ing bab kawruh ingkang gêgayutan kalihan agami Islam, nanging mênggahing pêpathokan ingkang prêlu-prêlu tumrap gêsangipun têtiyang ingkang sami ngrasuk dhatêng agami wau, punika ingkang kaudi kanthi tumêmên dening Paduka Tuwan Snouck. Ingkang makatên wau nama dede padamêlan ingkang gampil, amargi sagêdipun kalêksanan sadaya kêdah kanthi tindak tumêmên, ingkang kapisan kêdah sagêd dhatêng basa Arab ingkang sayêktos, pangrêtosipun [pangrêtosi...]

--- 83 ---

[...pun] dhatêng sêsêratan Arab kedah ingkang manjing, cêkakipun kêdah sagêd maos saha mangrêtos saèstu dhatêng sadaya sêrat-sêrat ingkang dados wêwaosanipun bôngsa Arab. Kajawi punika pangrêtosipun dhatêng agami Islam ugi kedah sampurna, ananging tumrap satunggiling bôngsa Walandi ingkang anyinau agami Islam, ingkang prêlu piyambak kêdah amigatosakên, kadospundi cara-caranipun têtiyang ingkang sami ngrasuk agami Islam ing Indiya Nèdêrlan ngriki, tuwin kadospundi anggène nindakakên agaminipun. Murih sagêdipun sumêrêp ing bab makatên punika kêdah nyoplok dhatêng basanipun têtiyang Indiya wau.

[Grafik]

Sayid Abdullah Sawawi, sobaktipunsobatipun. Paduka Tuwan Prof. Dr. Snouck Hurgronje.

Sadaya kawruh ingkang sampun kapratelakakên ing nginggil punika, Paduka Tuwan Snouck ing salêbêtipun watawis môngsa kemawon sampun sagêd anyêkapi. Tôndha yêktinipun, dene kala [ka...]

--- 84 ---

[...la] yuswa 25 taun, Paduka Tuwan Snouck sampun angsal sasêbutan dhoktor, jalaran saking anggènipun nganggit sêrat ingkang minôngka pandadar, aciri: papistan ing Mêkah. Ing anggitanipun wau, panjênênganipun sagêd anjôngka kanthi cêtha, punapa ing têmbe padamêlan ingkang calon badhe katindakakên, jêr anggitanipun punika wawasan babad-babadipun haj, inggih punika satunggiling rukun Islam 5 prakawis.

Sayêktosipun sampun kasumêrêpan dangu, bilih ingkang kawastanan haj wau, dede satunggiling pranatan Islam lugu, ananging sampun wontên sadèrèngipun agami Islam paja-paja wontên. Ing anggitan wau, Tuwan Snouck angandharakên ingkang rumiyin piyambak bab wontênipun haj punika, kanthi amêthik saking sêrat-sêrat Arab, langkung malih saking Koran saha kitab Hadis.

Punapa ta salêrêsipun mênggah ingkang dipun wastani haj punika. Swargi Prof. Dozij kala rumiyin nyobi anêrangakên wontên ing satunggiling sêratan, bilih pranatan wau kalêbêt satunggiling pranatan ing agami Israil. Pintên-pintên pujôngga bôngsa Arab sami mangintên, bilih sadaya panggenan-panggenan suci ing Mêkah punika sami gêgayutan kalihan Kangjêng Nabi Ibrahim (a.s.) saha sadèrèngipun Kangjêng Nabi Rasul miyos, sampun kathah têtiyang, ingkang botên rêna sangêt dhatêng tindakipun bôngsa Arab, ingkang kala samantên kenging kawastanan nyêmbah brahala, sarta lajêng ngawontênakên agami enggal, millah Ibrahim, inggih punika agaminipun Kangjêng Nabi Ibrahim.

Ananging ing anggitanipun Paduka Tuwan Snouck kasêbut nginggil, anyariyosakên, bilih tuwuhipun wawasan ingkang makatên wau, kala taksih sugêngipun Kangjêng Nabi Muhammad (a.s.).(s.a.w.). Dene agami ingkang kawêdharakên dening Kangjêng Nabi Muhammad, punika sajatosipun botên beda kados agami ingkang sampun kawêdharakên ing para nabi ing sadèrèngipun Kangjêng Nabi Muhammad wau. Dados agaminipun Kangjêng Nabi Ibrahim wau, ingkang dados babonipun sadaya agami, dados ugi babonipun agami Islam.

Dene anggène anggitanipun Tuwan Pr. Dr. Snouck misuwur wau, jalaran anggènipun anêrangakên bab nginggil wau saklangkung cêtha. Ananging anggène Tuwan Snouck kagungan wawasan ingkang makatên wau, namung mêthik saking buku-buku kemawon. Murih sampurnanipun dhatêng agami Islam, Tuwan Snouck lajêng dêdalêm wontên ing panggenan ingkang têtiyangipun majêng dhatêng agami Islam. Ingkang punika Tuwan Snouck lajêng kagungan kaniyatan sumêdya dêdalêm wontên ing Mêkah, ingkang ing ngriku wau sinêbut têlênging praja agami Islam. Kadospundi rakaosipun tumrap bôngsa Eropah dêdunung wontên ing Mêkah, ing ngribungriku. botên pêrlu dipun andharakên, cêkap kacariyosakên, bilih wohipun pinanggih sae sangêt, kondur ing nagari Walandi, ing taun 1888 lan 1889 lajêng anganggit buku bab kawontênanipun nagari Mêkah mawi basa Jêrman, ingkang isinipun migunani sangêt tumrap têtiyang ingkang sumêdya anggêgulang dhatêng agami Islam.

(Badhe kasambêtan)

--- 85 ---

Ama Kopi

Mênggah ingkang dados amanipun kopi punika inggih kathah sangêt, rêringkêsanipun kados ing ngandhap punika:

ha: Tuma kopi, warninipun ijêm, pêthak, abrit tuwin cêmêng, sagêd angrisak-ngrisakakên, amargi tumaning kopi wau nêsêp toyaning kopi. Tuma-tuma wau sagêd ngêdalakên sawarni toya cuwèr, raosipun lêgi, kawastanan bun madu, ingkang lajêng sagêd nuwuhakên jamur cêmêng, inggih punika ingkang ngrisakakên godhongipun. Kathah kewan sanès ingkang dados mêngsahipun tuma wau, kados ta: bangsaning lêmbing, tawon dhèndhèng lan sanès-sanèsipun. Sarananipun anyirnakakên ama punika, godhong tuwin witing kopi kêdah dipun sirami mawi: toya gamping, toya sata, toya sabun, utawi toya kawoworan lisah patra.

na: Ulêr ingkang môngsa godhongipun, kados ta: ulêr cèlèng tuwin ulêr sêrit.

ca: Bangsaning tinggi, punika nyêrot toyaning godhong, êpang utawi wohipun. Trêkadhang sagêd ngrisakakên uwit lan êpangipun, sarta sagêd anggaringakên wohipun ingkang sampun mèh sêpuh (matêng).

ra: Ama ingkang ngêlèng ing uwit utawi ing êpang, kados ta: nonol (wujud ulêr) lan urètipun olèng-olèng (bangsaning kuwangwung).

ka: Urèt (êmbug-êmbug) inggih punika urètipun bangsaning ampal, ingkang sungutipun kados godhonging kopi, punika manggèn ing siti, saha nêdhani oyodipun.

da: Cacing alit-alit sangêt, asring angrisakakên oyod. Bilih oyoding wit kopi wau dipun risak ing cacing kasêbut nginggil, punika lajêng katingal pating plênthing.

ta: Kopi ingkang dipun simpên ing gudhang, asring dipun môngsa dening bangsaning ampal alit-alit (bubuk) inggih punika ingkang dipun wastani dening para Walandi: koffiesnuitkever. Sarananipun anggène anyirnakaken bubuk wau, tandhon kopi ingkang kasimpên wontên ing gudhang, kêdah dipun kukusi mawi kukusing lisah bènsin (benzine) utawi mawi walirang (zwevelkoolstof).

Jawi.

Kaparênga tumuntên mundhut, namung kantun sakêdhik

Gambar Dalêm Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral Jhr. Mr. A.C.D. de Graeff

Dalancangipun kandêl, garapanipun adi. Rêginipun salêmbar namung f 0.10, nanging sakêdhik-sakêdhikipun kêdah mundhut 25 lêmbar.

--- 86 ---

[Grafik]

Sang nata ing Tiongkok sasampunipun kalinggarakên saking kadhaton ing Pèking, lajêng dêdalêm wontên ing Tinsin siti wêwêngkon Jêpang. Sri Narendra wau sakulawarga têntrêm wontên ing ngriku. Gambar ing nginggil punika, ingkang têngah gambaripun pramèswari nata.

[Grafik]

Biskop bôngsa Tiyonghwa. Awit saking kaparêngipun paus, wontên bôngsa Tionghwa nênêm ingkang katêtêpakên dados biskop. Kala têtêpipun wau, ing Romê mawi dipun wontênakên pahargyan. Mênggah biskop punika, satunggaling ulu-uluning agami ingkang sampun manggèn ing tataran inggil, tumrapipun ing tanah Jawi namung wontên satunggal, manggèn ing Batawi. Para biskop ingkang gambaripun kawrat ing nginggil punika, ingkang sakawan sampun nate dhatêng ing nagari Walandi, nalika dhatêngipun ing ngrika, sami dipun papag ing para pangagênging agami wontên ing sêtatsiun Rosêndhal.

--- 87 ---

Wangsul Dhatêng Basanipun Cina.

Sêrat kalawarti De Chineesche Revue ingkang mêntas mêdal enggal-enggalan punika, ngêwrat karangan bab nginggil. Kajawèn mêthik sawatawis bok manawi wontên gunanipun tumrap bôngsa kita Jawi. Mênggah isining karangan punika kintên-kintên kados ing ngandhap punika:

Perangan agêng bôngsa Cina ingkang kalairakên wontên ing tanah Indiya ngriki punika, manawi rêrêmbagan sami mawi basa Malayu utawi basa pribumi, dene ingkang sami pikantuk pangajaran, mawi basa Walandi utawi Inggris. Kala rumiyin bôngsa Walandi pranakan ugi makatên, basanipun manawi botên basa Malayu inggih basa Portêgis, ngantos dumugi kintên-kintên ing taun 1900, kala samantên namung wontên 41,5% saking cacahipun lare pranakan Walandi ingkang sagêd rêrêmbagan cara Walandi, ananging samangke mèh sabên Walandi pranakan sagêd rêrêmbagan cara Walandi kanthi tètès.

Sasampunipun lajêng angandharakên basanipun pintên-pintên bôngsa ingkang sakawit anggêgulang dhatêng basa mônca, ing wusananipun lajêng wangsul dhatêng basanipun piyambak, kados ta: bôngsa Flam, ing sakawit namung angudi dhatêng basa Prasman, wusana lajêng wangsul nyinau basanipun piyambak, inggih punika basa Flam. Makatên ugi bôngsa Fin, para sagêd basa ingkang kangge rêrêmbagan basa Swid, dangu-dangu lajêng wangsul dhatêng basanipun piyambak.

Nitik tuladha ing nginggil punika, kados tumrap bôngsa Cina ing ngriki, botên patos ngrêkaos, upami badhea anglantih dhatêng basanipun piyambak, punapa malih manawi ngèngêti, bilih kathah sangêt bôngsa Cina ingkang dêdunung wontên ngriki, rêrêmbaganipun sabên dintên taksih mawi têmbungipun piyambak, dados ing ngriki cêtha sangêt, bilih basa Cina punika satunggiling basa mônca ingkang taksih kangge sangêt, tôndha-yêktinipun, ing Batawi kemawon wontên sêrat kabar 4 iji, mawi basa Cina. Dados manawi bôngsa Cina ngriki niyatipun sayêktos badhe anglantih dhatêng basanipun piyambak, punika sampun tamtu sagêd badhe kalampahan ing sêdyanipun. Ingatasipun para Walandi pranakan ing salêbêtipun 25 taun sagêd rêrêmbagan cara Walandi malih, rak inggih mokal, upami bôngsa Cina ing têmbe botên sagêd wicantên mawi basanipun piyambak. Ingkang punika kêdah enggal dipun wiwiti sabên dintênipun rêrêmbagan mawi basa Cina.

Sawênèh wontên ingkang anêrangakên, bilih tumrap bôngsa Cina ing ngriki, sajatosipun basa Cina punika botên patos prêlu, salajêngipun nuntên anyêbutakên bôngsa Switsêr, ingkang sagêd mawarni-warni basa, kados ta: Prasman, Jêrman, lan sanès-sanèsipun, ewa samantên taksih tansah angèngêti dhatêng kabangsanipun, ingkang makatên wau inggih wontên lêrêsipun, ananging klèntunipun, dene sawênèhing tiyang wau, botên angèngêti, bilih gêsanging bôngsa Cina ing saantawisipun bôngsa Indiya warni-warni punika, botên kenging kasamèkakên kalihan gêsanging tiyang Switsêr bôngsa Jêrman, Prasman lan Itali. Jalarran [Jalar...]

--- 88 ---

[...ran] saking sabab warni-warni bôngsa Switsêr punika, kêpêksa kêdah mangrêtos dhatêng basa têtiga kasêbut nginggil, beda kalihan bôngsa Cina, punika namung sagêd kayoman ing bandera satunggal saha namung anggadhahi basa satunggal inggih punika basa Cina Mandarin.

Kajawi punika, anggènipun bôngsa Switsêr sagêd wicantênan basa têtiga wau, botên sanès jalaran bôngsa Switsêr punika botên anggadhahi basa piyambak, beda kalihan bôngsa Cina, punika gadhah basa piyambak, dados manawi wontên tiyang ngakên bôngsa Cina, ing môngka botên mangêrtos dhatêng basa Cina, punika inggih kalêbêt anèh.

Punapa bôngsa Cina ingkang kathahipun kirang langkung 400 yuta, kêdah angêmong dhatêng bôngsa Cina ing Indiya, ingkang namung sakêdhik cacahipun ananging angêmohi anyinau basanipun piyambak, lho, ingkang makatên punika rak inggih botên mèmpêr. Amila bôngsa Cina ing Indiya ngriki kapurih milih salah satunggal: punapa badhe lêstantun anggènipun dados Cina, punapa badhe ical kabangsanipun saha anyêmplung dhatêng gêgolonganing tiyang pribumi ing Indiya ngriki. Dene manawi kêpengin lêstantun kasêbut Cina, kêdah ugi anyinau basanipun kadosdene punapa mêsthinipun.

Manawi dipun wawas saking andhap-inggiling sêsêrêpanipun tumrap kamanungsan sarta nagari lan sasaminipun, basa Cina punika tumrap tiyang-tiyang Cina pranakan ing Indiya agêng sangêt dayanipun, makatên ugi jalaran kamajênganing pabrik-pabrik ing nagari Cina, dados inggih kamajênganipun dêdagangan, awit kalih-kalih punika sami gêgandhengan, lan ugi gêgayutaning padaganganipun tanah Cina lan Indiya, ugi atêgês ajining basa Cina badhe mindhak.

Sasampunipun lajêng angandharakên sabab-sababipun dening bôngsa Cina ing ngriki sami langkung kulina dhatêng basa Malayu utawi basa pribumi tinimbang basanipun piyambak, punika botên liya namung ngarah gampilipun.

Namung samantên ingkang pantês kapêthik ing Kajawèn ngriki. Tumrap panggalihipun para maos, namung kasumanggakakên, Kajawèn botên sagêd damêl wawasan punapa-punapa, awit angèngêti: wong Jawa goning sêmu.

Lêlampahanipun Abunawas

Tiyang mlarat kalihan blumbang ingkang asrêp toyanipun.

Sambêtipun Kajawèn ôngka 5.

Kacariyos ing dintên Sênèn ingkang sampun katamtokakên ing Abunawas, enjing-enjing jam 7 Sang Prabu Harun Al Rasid sampun jêngkar saking karaton badhe têdhak dhatêng griyanipun Abunawas. Kala samantên para pangagêng nagari, pangagênging pangadilan saha para sudagar sampun sami lênggah satata wontên ing griyanipun Abunawas. Sarêng sang prabu rawuh, sadaya ingkang wontên ing

--- 89 ---

ngriku sami gita amêthukakên, makatên ugi pun Abunawas. Sasampunipun sang prabu kaaturan lênggah, Abunawas lajêng nyuwun pamit mêdal sakêdhap, ambêkta kriyuk agêng, ingkang nuntên kagantungakên wontên ing panging wit agêng, wontên ing sangandhaping wit wau Abunawas lajêng adamêl grama.

Kocapa sampun sawatawis lami sang prabu lênggah wontên ing griyanipun Abunawas, ewadene dèrèng wontên sêgahan punapa-punapa ingkang kawêdalakên, ingkang punika sang prabu lajêng animbali pun Abunawas sarta kadhawuhan makatên: He, Abunawas, kapriye anggonmu olah-olah, apa durung matêng. Aturipun pun Abunawas: Dhuh, gusti, mugi karsaa angêntosi sakêdhap.

Mirêng aturipun Abunawas makatên wau, sang prabu lajêng kèndêl saha angêntosi kanthi panggalih sabar, ananging ngantos wanci bêdhug sêgahanipun tansah botên kawêdal-wêdalakên, ing môngka kala samantên sang prabu sampun karaos luwe, amila Abunawas lajêng enggal kadhawuhan nimbali saha andangu bab wêdaling sêgahan ingkang badhe kaunjukakên dhatêng sang prabu. Dene pun Abunawas tansah umatur, supados sang prabu karsaa angêntosi sawatawis. Sarêng pun Abunawas mêdal dhatêng jawi malih, sang prabu botên saronta lajêng ugi tindak dhatêng jawi. Sang prabu saklangkung ngungun panggalihipun sarêng anguningani, bilih Abunawas sawêg angububi latu wontên ing sangandhaping wit-witan, dene kriyuk agêng gumantung wontên ing êpang nginggil. Sang prabu lajêng andangu: He, Abunawas, lagi apa sira, dêlêngane têka repot mangkono. Abunawas umatur bilih sawêg ocal-ocal. Sang prabu saya langkung ngungun panggalihipun saha lajêng amanggalih, bilih Abunawas samangke kenging sêsakit èngêtan. Amargi sanajan urubing latu wau sawindu laminipun, sampun tamtu barang ingkang kaolah wau botên sagêd matêng, jalaran saking têbihing latu saking barang ingkang badhe kaolah. Ingkang makatên wau sang prabu lajêng andangu dhatêng pun Abunawas, dene gadhah pokal ingkang kados makatên punika. Abunawas lajêng angaturakên sadaya lêlampahanipun tiyang miskin kalihan sudagar sugih ingkang anggadhahi blumbang ingkang asrêp toyanipun. Sarta ugi kaaturakên prajangjianipun sudagar badhe anyukani arta 10 ringgit dhatêng tiyang sintêna ingkang tahan kungkum sadalu wontên ing blumbangipun, ananging jangjianipun sudagar wau sande, amargi anakipun tiyang mlarat wau adamêl bêdhiyan wontên ing sacêlaking ngriku. Salajêngipun, Abunawas umatur makatên: Dhuh, gusti, mênggah rumaos kawula dayanipun bêdhiyaning lare tumrap tiyang ingkang kungkum wontên ing blumbang punika, kados botên beda kalihan latu tumrap kriyuk ingkang kagantung ing panging wit punika, dados sampun dados wajibipun sudagar ambayar punapa ingkang sampun kajangjèkakên. Mirêng aturipun Abunawas, sang prabu saklangkung dukanipun, sudagar wau lajêng kadhawuhan matrapi paukuman saha anêtêpi punapa ingkang sampun kajangjèkakên, inggih punika ambayar 10 ringgit dhatêng tiyang mlarat wau.

--- 90 ---

Pawartos Warni-Warni saking Ijas

Ngandhap punika pawartos warni-warni saking Ijas mêthik saking sêrat kalawarti Inggris:

Jiyarah minggah kaji. Mangsanipun tiyang minggah kaji ing taun 1927 kenging kawastanan sampun wiwit ing tanggal kaping 8 wulan Dhesèmbêr ingkang kapêngkêr punika, inggih punika sadhatêngipun para jamaah Jawi ingkang rumiyin piyambak, ingkang sami numpak baita kapal sêmprong blawu nama Priam, cacahing para jamaah wau wontên tiyang 80. Dene anggènipun sami wukuf, kintên-kintên benjing ing têngah-têngahipun wulan Juni. Sajatosipun cacahing para jamaah wau namung sakêdhik sangêt, ananging tiyang ing Judah sami angajêng-ajêng, bilih salêbêtipun satêngah taun punika badhe kathah sangêt ingkang sami dhatêng minggah kaji.

[Grafik]

Nginggil punika gambaripun pintên-pintên unta ingkang limrahipun kangge tumpakanipun tiyang ingkang badhe minggah kaji, ingkang ing têmbe badhe kagantos mawi sêpur utawi oto bis.

Rantamanipun Sang Prabu Ibnu Saod. Rantaman ing taun ingkang kapisan amratelakakên wontênipun pamêdal f 6.000.000,-. Dene arta ingkang kangge wragad sadaya ingkang dados kabêtahanipun ing tanah Ijas, punika botên langkung saking kathahing arta rantaman wau. Bab ondêrwis ing Ijas katingal wontên kamajênganipun sakêdhik. Kala kalêrês jumênêngipun Sang Prabu Ibnu Saod wontên ing Ijas, sang prabu dhawuh yasa sêkolahan, samangke muridipun sadaya kirang langkung wontên 250, saperangan agêng saking murid-murid wau sami kawulang basa Inggris.

Konduripun Emir Fasal. Kala tanggal kaping 6 Dhesèmbêr ingkang kapêngkêr punika, Emir Fasal kondur saking Mêdinah dhatêng Mêkah. Kala miwiti badhe nindakakên padamêlanipun rumiyin, inggih punika padamêlan raja mudha ing Mêkah, ing ngriku dipun wontênakên pahargyan agêng-agêngan, minôngka angurmati konduripun Emir Fasal saking anggène tindakan dhatêng Eropah. Sarèhning kala samantên ingkang rama, Sang Prabu Ibnu Saod kalêrês sawêg tindak dhatêng Nej, amila ingkang kawajibakên amakili sang prabu, nampi Emir Fasal wau ingkang rayi, inggih punika Emir Muhamad.

Sêrat kabar Loc, tanggal kaping 3 Pebruari martosakên makatên:

Nagari Asirlan Ibnu Saod. Kala tanggal 2 Pebruari, para prajurit Wahabi saha Baduwi sami kabidhalakên dhatêng ing Tapêl watêsipun nagari Asir. Wontên ing ngriku para prajuritipun Ibnu Saod ingkang pinunjul sami sadhiya [sadhi...]

--- 91 ---

[...ya] pacak baris. Dene ing nagari Asir tansah andhatêngakên dêdamêl pêrang warni-warni saking nagari ngamônca, makatên ugi sabên dintên ing kitha Odedah, tansah kadhatêngan prajurit-prajurit saking Aprikah. Tiyang gadhah pangintên, bilih botên dangu malih badhe tuwuh pêrang antawisipun nagari Ijas kalayan nagari Asir.

[Grafik]

Pintên-pintên unta ingkang dipun momoti barang-barang warni-warni lumampah turut sagantên wêdhi.

Panglipur Manah

[Grafik]

I. Radèn Sastra wontên ing sêpur maos Kajawèn.

II. Mêdhak saking sêpur lampahipun saklangkung kasêsa, daya-daya enggal dumugia ing griyanipun, amargi sêlak kêpengin maos Kajawèn ingkang dhatêng enggal.

III. Ut drudut, koranku Kajawèn thik lali.

IV. Radèn Sastra lajêng lumajêng bundêr, kalêrêsan sêpuripun dèrèng mangkat, saking kasêsanipun anggène lumampah, ngantos anunjangi pintên-pintên tiyang. Bêgjanipun dene sêratipun Kajawèn sagêd pinanggih malih.

Mar.

--- 92 ---

Ewah-ewahan ing Karajan Turki

Sadangunipun ingkang nyêpêng panguwasa ing karajan Turki punika ingkang minulya Kêmal Pasah, ing ngriku tuwuh mawarni-warni ewah-ewahan, ingkang sayêktos adamêl cingaking saindênging donya Islam sadaya. Ing ngandhap punika sawênèhing ewah-ewahan ing karajan Turki:

ha: Têtiyang Turki, kajawi para ingkang anggêgulang dhatêng agami, kaawisan ngangge kopyah.

na: Têtiyang èstri botên kawajibakên mawi mêkêna.

ca: Tumindakipun pangangge cara: Eropah.

ra: Angawisi tiyang rabi langkung satunggal.

ka: Sêratan Arab kagantos kalihan sêratan Latin, lan taksih kathah tunggilipun.

[Grafik]

Ewah-ewahan ing nginggil punika tingalipun namung sêpele kemawon, ananging sajatosipun ewah-ewahan ingkang agêng sangêt. Kala rumiyin sintên ingkang ngintên, bilih tiyang jalêr Turki, ing têmbe badhe botên ngangge kopyah, saha tiyang èstri badhe ucul saking makênanipun. Samangke gêsangipun tiyang èstri Turki botên kapingit malih. Sanajan ewah-ewahan ingkang makatên punika kalêbêt awrat tumrap agami Islam, ewadene sagêd kalêksanan sadaya. Samangke ing Turki kathah para wanita ingkang lumêbêt ing pamulangan ruhur, calon dados dhoktêr, apokat lan sasaminipun.

Saya dangu nagari Turki saya mindhak rêja, margi sêpur saya mindhak kathah, makatên ugi motor saha oto bis. Ing Turki samangke sagêd yasa baita kapal piyambak, sagêd adamêl motor lan lokomotip piyambak, cêkakipun kamajênganing karajan Turki sayêktos angedap-edapi.

Kamajêngan ingkang makatên punika punapa sagêd nular ing karajan Islam ing Asiyah sanès-sanèsipun. Môngga sami dipun yêktosi kemawon.

--- 93 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Bab Sêsakit Inpluwensah

Garèng : Truk, ing sarèhning saiki kiyi kalêbu ing jaman kang anyêbêli, jalaran saka kèhing lêlara, kang anjalari patine pirang-pirang manusa, mara saiki ayo padha rêmbugan patrape ananggulangi sawênèhing lêlara, bokmanawa ana gunane tumrap wong akèh. Tinimbang lungguh dhidhis, rak luwung omong-omongan sing pharlu-pharlu.

Petruk : Lha, kuwi aku mathuk bangêt, mung bae bubulmu kuwi tambanana dhisik, aku wêruh pratikêle ngilangake bubulmu kuwi, yaiku: anggodhoga waluh sing nganti matêng, sauwise sikilmu loro pisan tapakna nang waluh kang matêng kuwi, mêngkone mas ngantène bubul rak padha kèli nyang waluh mau.

Garèng : Lho, Truk, aja kok kira yèn bubulku kiyi andadèkake prihatinku, malah tak anggêp sawijining gambaraning Pangeran, amarga tumêkaning saiki aku kiyi isih tansah angèlingi kabèh pangandikaning para sêpuh, yakuwi: Lônda guna, Cina bôndha, Jawa tapa. Yèn aku ora kadunungan mas ngantèn bubul kiyi, wis mêsthi sabên dina manganku bisa krasa enak, turu kapenak, palêsir nyang ngêndi bae ya bisa kalakon. Sauwise banjur apa tapaku saiki. Balik aku kanggonan bubul kiyi, apa-apa rak banjur kêpêksa tak cêgah, dadi jênêng isih nêtêpi tapane.

Petruk : E, lha, ya mêksa ana bae wangsulane. Aku prêcaya yèn kowe ora tau lunga-lunga, ananging anggonmu ulêm-ulêm rina wêngi tanpa kêndhat.

Garèng : Lha, kuwi arane cagak êlèk, ngêlèki anak putu bèn besuk padha dadi uwong. Ora Truk, ing sarèhning saiki mèh andungkap môngsa inpluwensah, ayo padha rêmbugan bab kuwi dhisik. Kowe apa wis tau anglakoni ginanjar lara inpluwensah kuwi.

Petruk : Saka pandongamu ya wis tau, malah badan sakojur kêbak kabèh, wah, rasane gatêle ngudubilahi minassesèti têmênan.

Garèng : Wiyah, sing kok kandhakake kuwi rak mas lara gudhig. Dene tôndha-tandhane wong kang kêna lêlara inpluwensah kuwi awake panas kanthi watuk.

Petruk : E, lha, kliru aku, la wong miturut kirata basane inpluwensah kuwi atêgês lalune kanthi lisah, mula ya mathuk bangêt, upama dicakake nyang lara gudhig, amarga tambane gudhig kuwi bangsaning lênga, ya sing diarani salêp. Ora, Rèng, mungguh jalarane wong kêna lêlara inpluwensah kuwi kapriye.

Garèng : Lêlara inpluwensah kuwi: kadadeyane saka lêbu utawa balêdug kang katut ing angin, mula ya dingati-ati, aja tumandang samubarang gawe kang bisa nganakake lêbu utawa balêdug.

(Badhe Kasambêtan)

--- 94 ---

KRONIEK

Kabar warni-warni

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

Saking Surakarta kawartosakên, bilih kala malêm Rêbo ingkang kapêngkêr punika, ing Calamadu wontên kecu. Cacahing kecu wontên 6 sami lumêbêt ing griyanipun satunggiling tiyang pribumi, juragan rajakaya. Salah satunggilipun kecu wau nothok korining griya, sarta nêdha lumêbêt, ingkang gadhah griya botên nyana-nyana manawi badhe dipun kecu, sarêng angêngakakên korinipun, ujug-ujug dipun cêpêng dening tiyang 3 sarta lajêng dipun tangsuli wontên ing padoning ambèn, sasampunipun lajêng angrampas sadaya barang darbèkipun juragan wau, dene ingkang 3 jagi wontên ing sajawining griya. Kecu wau sagêd anggondhol barang-barang kintên-kintên rêgi f 80-.

Saking Padhang kawartosakên kados ing ngandhap punika:

Kala tanggal kaping 3 Pèbruari ingkang kapêngkêr punika, patroli ingkang dipun tindhihi dening Sêrsan Mênadho Lindong, wontên ing margi pinanggih kalihan punggawanipun Si Pate kêkalih, Pate punika gêgêdhugipun komunis ing Padhang. Tiyang kêkalih wau, ingkang asring ngupadosakên têdha dhatêng Si Pate. Sêrsan wau lajêng mêksa dhatêng tiyang kêkalih punika kapurih anêdahakên papan pangumpêtipun Si Pate. Sarêng si Pate sumêrêp wontên patroli dhatêng, lajêng enggal nêmpuh. Dêdamêlipun pistul saha rencong. Sanalika saradhadhu lajêng sami anyênjata. Sipate kêtaton kawan panggonan, ingkang tiga wontên ing badan, satunggalipun wontên ing sirah. Kajawi punika, kala samantên saradhadhu wau ugi sagêd amêjahi Buyung Sarun, inggih punika bêbaunipun têngên Si Pate.

Pangadilan landrad ing Bandhung andhawahakên ukuman kunjara laminipun 20 taun dhatêng têtiyang komunis kalih nama Mansurni lan Adiman, kalih pisan sami tumut adamêl gegeran wontên ing Nagrèk.

Ingkang badhe tumut eksamên kangge lumêbêt ing pamulangan normal ing Blitar, ingkang dipun wontênakên kala tanggal kaping 8 Pèbruari punika, sadaya wontên lare 313, ingkang môngka namung wontên 20 panggenan, saking Kadhiri wontên 64, saking Nganjuk 56, saking Trênggalèk 25, saking Tulungagung 94 lan saking Blitar 74.

Saking Bogor kawartosakên, bilih sampun wontên sêrat kêkancingan mêdal, ingkang nyêbutakên tiyang komunis cacahipun 44 malih, ingkang badhe kasingkirakên dhatêng Dhigul. Tiyang samantên kathahipun wau, sadaya sami asli saking paresidhenan Sêmarang.

Miturut sêrat palapuran, wiwit tanggal kaping 23 Januari dumuginipun tanggal 29 Januari ingkang kapêngkêr punika, ing Jawi Têngah têtiyang ingkang katrajang sêsakit pès sadaya wontên 145, tiyang samantên wau ingkang 55 saking Têmanggung, 7 saking Magêlang, 7 Ngayogyakarta, 38 Klatèn, 15 Pakalongan, 14 Têgal, 1 Brêbês lan 8 saking Purbalingga.

Sêrat kabar de Crt. mirêng pawartos, bilih kathah para têtiyang Sumatrah ingkang dêdunung wontên ing Batawi, makatên ugi para dhoktêr pribumi, sami ngaturakên sêrat panuwunan dhatêng pamarentah, supados pamarentah karsaa anêtêpakên dhoktêr Abdul Rivai ingkang samangke wontên ing nagari Walandi dados lid polêksrad, minôngka wêwakilipun tanah Sumatrah ingkang sisih kilèn. Miturut pawartosipun sêrat kabar kasbut nginggil, dhoktêr Rivai wau pancèn kagungan kaniyatadheniyat badhe. dêdalêm wontên ing nagari Walandi. Ananging nalilanalika. dipun kintuni sêrat, suka wangsulan manawi pamarentah kêrsa anêtêpakên dados lid polêksrad, inggih badhe wangsul ngajawi malih.

Saking Bantên kawartosakên, bilih kala tanggal kaping 8 Pèbruari satunggal barisan saradhadhu ingkang dipun kapalani dening kaptin Schmidhamer, saking Bantên wangsul dhatêng Batawi, samangke saradhadhu ingkang taksih kantun wontên ing Bantên namung wontên tigang barisan, inggih punika 1 wontên ing Labuan lan Mênès, 1 wontên ing Pandheglang, lan 1 malih wontên ing Serang.

Pangadilan landrad ing Ciamis, benjing tanggal kaping 14 Pèbruari ngajêng punika, badhe miwiti mriksa prakawisipun tiyang komunis sakawan ingkang kadakwa: mêjahi punggawa pagantosan bôngsa Tiyonghwa, anatoni agèn pulisi ngantos rambah kaping 16, anatoni salah satunggiling punggawa pulisi dhusun, lan anatoni satunggal agèn pèl pulisi, ingkang tanganipun kiwa ngantos putung babar pisan.

Saking Bandhung kawartosakên, bilih arta ujuran tumrap punggawa sêpur gupêrmèn salêbêtipun têngahan taun pungkasanipun taun

--- 95 ---

1926 kapêngkêr punika, badhe kawêdalakên benjing pungkasanipun Pèbruari ngajêng punika, dene kathahipun satêngah blanjan.

Miturut sêrat kabar Darmakôndha, salêbêtipun taun 26 ingkang kapêngkêr punika, kathahipun prakawis ingkang sampun dipun rampungi ing landrad Surakarta, kathahipun sadaya wontên 646 prakawis, prakawis sipil 224, prakawis kriminal 422.

Sampun pintên-pintên taun punika, lare-lare Bali lan Lombok manawi badhe anglajêngakên pasinaonipun wontên ing Osvia kêdah lumêbêt ing Osvia Makasar. Ingkang makatên punika têtiyang Bali Lombok botên cocog babarpisan. Ing taun ingkang kapêngkêr punika polêksrad sampun ngrêmbag bab punika. Makatên ugi pakêmpalan Santy ing Bali sampun ngaturakên sêrat panuwunan dhatêng pamarentah agêng kanthi kabantu ing paduka tuwan residhèn ing Bali. Sapunika panuwunipun wau kaidèn ing nagari, inggih punika lare Bali Lombok kenging nglajêngakên pasinaonipun dhatêng Osvia ing Prabalingga, wiwit kursus enggal ingkang tumapak punika.

Dumugining samangke sèrtipikat tamat ing pamulangan ôngka II punika katêtêpakên mawi sègêl rêgi f 1.50, ingkang makatên wau racakipun kangge tiyang sêpuhipun lare-lare pancèn inggih kawratan, pramila kathah sangêt dhiplomah tamatan ôngka II ingkang sami botên dipun têbus. Ingkang punika para insêpèktur sampun kêrêp nyuwunakên sudan paos sègêl samantên wau, saha ing polêksrad ugi sampun nate karêmbag. Samangke wontên karampungan, bilih benjing Siyam ngajêng punika sègêling dhiplomah botên rêgi f 1.50, ananging namung rêgi f 0.50. lowung.

Sêrat kabar Sêdyatama martosakên: saking ada-adanipun Tuwan Dr. Yap, benjing wulan Juli ngajêng punika ing Ngayogyakarta badhe dipun wontêni pamulangan H.C.S. partikulir, sapunika calon murid sampun wontên sèkêtan.

Wontên pawartop,pawartos. bilih ingkang bupati ing Kulonpraga angwontênakên rekadaya kangge darma dhatêng para têtiyang ing bawahipun ingkang sami kabênan ingkang kapêngkêr punika. Miturut cariyosipun tiyang ngriku, bêna sagêdhagan punika kalêbêt ingkang agêng piyambak ing salêbêtipun kalihdasa taun ingkang sampun.

Saking Sawahlunta kawartosakên, bilih kala dintên Sênèn ingkang kapêngkêr punika, barang-barangipun guru pribumi têtiga, ingkang dèrèng dangu punika pinêjahan ing para komunis, kalelangakên wontên ing kamar bolah, pêpajênganipun sae sangêt, barang-barang wasauwau. kataksir namung rêgi f 150.-, ing môngka sarêng kalelang sagêd pajêng f 1300.-.

Pangadilan landrad ing Batawi, kala tanggal kaping 7 Pèbruari punika, angrampungi prakawisipun para komunis ingkang sami anêmpuh rêsèrsirkêtèh. Sadaya pasakitan kaanggêp lêpat jalaran adamêl karaman saha badhe nyobi amrêjaya tiyang, kanthi karêmbag rumiyin. Amsir bin Salbini ingkang angakêni sadaya, paukumanipun dipun suda, dados lajêng namung kapatrapan paukuman laminipun 16 taun. Juhari paukumanipun dipun awratakên, jalaran nyolong pistul, tur tansah goroh kemawon, amila lajêng kapatrapan paukuman laminipun 18 taun. Rasdi kaukum 15 taun, lan Muhamad Ali 15. Muhamad bin Sakbah dipun suda ukumanipun jalaran taksih kêlarenên, inggih punika 13 taun. Osin lan Omar angakên, amila ukuman ugi sami kasuda, namung 12 taun. Sadaya wau kasuda kalihan ukumanipun kala dipun tahan wontên ing pakunjaran.

Saking Padhang kawartosakên: kala militèr kalih angêtêrakên komunis kalih, wontên ing sacêlaking lubuk bituran, militèr kêkalih wau anglilani tiyang kêkalih ingkang kaêtêrakên, nêdha wontên ing satunggiling wande. Kala santênsamantên. komunis kêkalih wau dipun uculi blênggunipun, ananging ujug-ujug lajêng angrêbat ladingipun ingkang gadhah wande, saha lajêng anêmpuh militèr kalih wau. Militèr kalih pisan sami nandhang tatu, ingkang satunggal ing tanganipun, satunggalipun wontên ing bangkèkanipun, komunis wau lajêng pinêjahan.

Miturut pawartosipun sêrat kabar A.I.D., Oyo aliyas Ahya. Ingkang kalêpatan tumut adamêl gegeran komunis wontên ing Tasikmalayah, dening pangadilan landrad ing Tasikmalayah, kapatrapan ukuman kunjara laminipun 13 taun.

Saking Serang kawartosakên: pangadilan landrad ing ngrika, kala tanggal kaping 8 Pèbruari punika, ngrampungi prakawis gegeran komunis ing Pamarayan. Wusananipun: Dhamiri lan Haji Satra kapatrapan ukuman kunjara laminipun 15 taun, Omar, Haji Dhoyoh lan Haji Dulsalam 13 taun, lan Haji Abubakar 12 taun. Sadaya wau kanthi kasuda kalihan sadangunipun dipun tahan wontên ing pakunjaran.

Aneta martosakên saking Makasar, bilih ing kantoripun tuwan notaris Pischel ing Ambon, kakirangan arta kathahipun f 60.000.-, inggih punika dumunung arta lelangan. Tuwan notaris wau sampun angakêni sadaya kalêpatanipun.

Wontên pawartos bilih salêbêtipun taun punika, nagari badhe wiwit yasa buwèn tumrap têtiyang ingkang cêkap pangajaranipun, adêging buwèn wau wontên ing sacêlaking Bandhung. Wragadipun kataksir wontên f 500.000.-.

--- 96 ---

FEUILLETON

Sêrat Jayalêngkara

53

[Durma]

Gajah Wulung gustine pinapiringan / hèh Pandhoga sirèki / paran kayunira / dene angeca-eca / kancanta akèh ngêmasi / tan tulung yuda / baya deranti ênting //

Jayèngsari mèsêm sigra nitih kuda / gambira punang dasih / myang para kadeyan / parêng dènnya tumandang / miwah Radèn Wangsèngsari / anitih kuda / nandêr ngamuk rumiyin //

Kêbo Tarate lan Kêbo Kanigara / Rêjasa datan kari / myang Kêbo Kênanga / myang Carang Môndhalika / lan Carang Nagabôndèki / gyannya tan têbah / rumêksèng kanan keri //

sira Rôngga Narantaka munggèng ngarsa / lan Kêbo Pandhogèki / Macan Wulung sira / samya nindhihi wadya / Gajah Wulung wus rumiyin / atilar wadya / mangamuk ngobrak-abrik //

Jayèngsari karsanya mangantêp yuda / sampun têmpuh kang baris / rame punang yuda / panggih padha prawira / tan ana kang ngucap ajrih / surak gumêrah / kadya karêngèng langit //

datan dangu wau dènira ayuda / saking ramening jurit / wangke sungsun tumpang / tinon awêwukiran / Dipati Mataun mati / êndhase pêcah / Rôngga ingkang mêjahi //

Adipati ing Balitar sampun pêjah / Dipati Saosragi / murdanya kairas / Dipati Pajang pêjah / Gajah Wulung kang matèni / gêmpang suh sirna / ingkang para dipati //

Adipati ing Pêngging sampun kabônda / ing Lasêm Adipati / api-api lena / amor ing mayit kathah / Kêbo Palênthu marani / sampun binônda / ing Lasêm Adipati //

Sri Maguwa lumayu atilar bala / maksih anitih èsthi / Jayèngsari miyat / sigra ngrapkên turôngga / sang nata pinêgat ngarsi / de Jayèngsêkar / narik sarampang aglis //

wanti-wanti sinarampang datan kêna / Kalana Jayèngsari / Sang Natèng Maguwa / cinandhak murdanira / jumênêng luhuring èsthi / Anjayèngsêkar / sira sri narapati //

ing Maguwa wus pinancas murdanira / surak gumuruh atri / wus gêmpang suh sirna / wadyane pra dipatya / lumayu sisaning pati / sami sasaran / kuthane kang dèn ungsi //

wong Kajayèngsarèn prasamya bêbandhang / endhe pêdhang lan tamsir / gamêlan tinêmbang / têngara mênang aprang / gambira kang punang dasih / ya ta ngandika / Kalana Jayèngsari //

kakang Rôngga Narantaka lah mentara / kabèh kadangirèki / lah sira bêktaa / burunên mungsuhira / boyongên kang anak rabi / yèn ana bôngga / wasisakna dèn mati //

sira Rôngga Narantaka nulya mentar / budhal sakadangnèki / ingiring ing bala / ya ta sri naranata / ing Daha ingkang winarni / mundur mring pura / lir dhangdhang kang umiring //

[Dhandhanggula]

êntyarsanira sri narapati / dene srayane mênang ayuda / Kalana Jayèngsarine / tan kawarna ing ênu / lampahira Natèng Kadhiri / ing alun-alun prapta / gamêlan gumuruh / wadya lit samya gambira / kang dèn ucap Kalana Jayèngingsari / samya dèn alêmbana //

kawarnaa Kuda Jayèngsari / sigra kondur lan sawadyanira / atri gumuruh swarane / ing Tambakbaya rawuh / sampun lênggah lan ingkang rayi / katri munggèng ing ngarsa: / nira sang abagus / ing jawi umyang gumêrah / ingkang wadya rêrawat gêgaman sami / tumbak tulup myang pêdhang //

trênyuhing tyas Kuda Jayèngsari / kasabêt ing asmara turida / niba ing pagulingane / ingkang panon sumaput / pan kantaka ing tilamwangi / anjrit Kèn Dayaprana / lawan Côndrasantun / miwah Dèwi Nawangwulan / garwa katri apan samya anungkêmi / para putri sadaya //

samya anjrit sagung para manis / gumêr kang tangis ing Tambakbaya / wus katur ing nata mangke / yèn Jayèngsari kantu / sigra têdhak Natèng Kadhiri / pramèswari sadaya / umiring sang prabu / sasangkaning rat binêkta / wukirsari palabuhan datan kari / tami Hoyi mindaka //

Jayèngsari rinubung pra rabi / sigra rawuh sang nata ing Daha / alênggah munggèng ulone / angandika sang prabu: / atmajèngsun Ki Jayèngsari / baya anandhang brana / mau duk apupuh / Dayaprana atur sêmbah / tan kacurnan putra paduka dewaji / duk mangsah ngadilaga //

sarawuhipun amangun jurit / tanpa karana niba kantaka / dangu tan anglilir mangke / Sêkartaji andulu / mring Kalana Anjayèngsari / sang dyah angartikèng tyas / sun wabarèng kalbu / wong iki karya upaya / api kantu dene cahyane abêcik / karya sandi alara //

yèn aywa takuta mring ramaji / ingsun mulih maring dalêm pura / tan sudi dêlêng rupane / Pandhoga awotsantun / matur dhatêng Natèng Kadhiri / langkung maras ing driya / abdi sang aprabu / putra paduka sang nata / Jayèngsari turun-tumurun ing nguni / kang eyang dhatêng rama //

yèn amangun laga jayèng jurit / datan wontên braja kang tumama / yèn sampun mundur yudane / kantaka lajêng lampus / kumênyut tyasira nrêpati / wasana angandika: / nglilira sutèngsun / ingsun panggihakên lawan / arinira nini Galuh padha mangkin / pan wus pratignyaningwang //

sira yèn nyirnakkên mungsuh mami / nini putri sun karya ganjaran / pan wus bêgjanira mangke / sun têdha ing dewa gung / lah mulyaa Ki Jayèngsari / muktia wibawaa / nèng Daha sutèngsun / ingsun bêgawan kewala / têka liyêp sotyanira Jayèngsari / mèsêm Kèn Dayaprana //

ingoyog rabine sarya anangis /Lebih satu suku kata: ingoyog rabine sarya anangis. lah ta pangeran pidhangêtêna / sri narendra andikane / nambut toya ing sangku / sinotyanan Anjayèngsari / dhumatêng ingkang garwa / wungu pungun-pungun / miyarsandikaning nata / têka sumrah sarirane Jayèngsari / anglilir sigra lênggah //

(Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

Pawartos saking Administrasi

Wiwit tanggal 5 dumugi 10 wulan Januari punika, administrasi sampun tampi arta saking para priyantun langganan Kajawèn ingkang nomêripun kasêbut ing ngandhap punika. Sumêrêp pambayaring langganan tumrap kwartal-kwartal ingkang kapratelakakên sawingkinging arta wau.

Botên sanès administrasi amung ngaturakên gênging panuwun.

[Grafik]

Taksih wontên sambêtipun.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]