Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1927-05, #1641

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1927, #1641
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1927-02, #1641. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #366.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1927-05, #1641 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #367.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1927-06, #1641. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #368.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1927-08, #1641. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #369.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1927-09, #1641. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #370.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1927-10, #1641. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #371.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1927-12, #1641. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #372.

Ôngka 21, 24 Dulkangidah Taun Wawu 1857, 26 Mèi 1927, Taun II.

Sêrat Minggon

Kajawèn

Bale Pustaka=Wèltêvrèdhên.

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [321] ---

Ôngka 21, 24 Dulkangidah Taun Wawu 1857, 26 Mèi 1927, Taun II.

Kawêdalakên Sabên Dintên Kêmis.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpon nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Têtingalan ingkang sakalangkung asri

[Grafik]

Wawasan ing Aèr Putri, Ambon, inggih punika pasiraman ingkang nêngsêmakên, botên anèh bilih ing jaman kina papan ingkang kados makatên wau dados pasiramaning para widadari.

--- 322 ---

[Grafik]

P.A.A. Kusumayuda, Gedelegeerde saha 1e Plaatsvervangend Voorzitter, Mr. A. Neytzell de Wilde, Voorzitter Volksraad, T.H. de Hoog, Gedelegeerde saha 2e. Plaatsvervangend Voorzitter, C.H. M.H. Kiès, Gedelegeerde, J.A. Monod de Froideville, Abdoel Firman gelar Maharaja Soangkupon, G.J. van Lonkhuyzen, R.A.A. Ahmad Jayadiningrat, Gedelegeerde, R.P. Surasa, Pangeran Ahmad Ali, R.M.A.A. Kusumahutaya, Gedelegeerde.

--- 323 ---

Pambikakipun Parêpatan Polêksrad

Ing Kajawèn ôngka 20 ing bagian Kabar Warni-warni sampun kawartosakên, bilih kala dintên Sênèn tanggal 16 Mèi punika, parêpatan polêksrad enggal kabikak kanthi upacara. Murih adamêl sênênging panggalihipun para maos sadaya, ing ngriki amacak gambaripun para lid-liding polêksrad enggal punika. Kajawi punika ing Kajawèn ingkang kapêngkêr sampun ajangji ngrawat sêsorah dalêm kangjêng tuwan ingkang wicaksana gupêrnur jendral kala pambikakipun parêpatan polêksrad. Ing sarèhning punika kados prêlu kasumêrêpan ing ngakathah, amila ing ngandhap punika prêlu angêwrat sêsorah dalêm wau, nanging kanthi kacêkak kemawon.

Dhawuh dalêm kangjêng tuwan ingkang wicaksana gupêrnur jendral, saklangkung rêna panggalih dalêm, dene sagêd anjênêngi kala pambikakipun parêpatan polêksrad enggal punika. Kintên-kintên wolung wulan ingkang kapêngkêr, kala ingkang wicaksana anampi panguwasa nagari, sampun paring dhawuh pangandika wontên ing sangajênging parêpatan polêksrad ugi, angajêng-ajêng kanthi sangêt, mugi-mugi pamarentah lan polêksrad samia pitados-pinitados, lan samia sagêd anyambud damêl sêsarêngan, murih sagêdipun anjagi tata têntrêmipun nagari saisinipun. Kanthi rênaning panggalih dalêm, samangke ingkang wicaksana sagêd ngandikakakên, bilih pangajêng-ajêng dalêm wau têtela wontên damêlipun. Sêsrawungan dalêm ingkang wicaksana kalihan para tuwan-tuwan ing bab punapa kemawon tansah sae. Punapa malih kala ing salêbêting bêbaya, pambantu saha kapitadosanipun dhatêng ingkang wicaksana punika cêtha sayêktos. Ingkang punika kangjêng tuwan ingkang wicaksana gupêrnur jendral andhawuhakên gênging panarimahipun.

Mênggah tumrap polêksrad, ingkang wicaksana paring dhawuh pangandika, bilih samangke sadaya sarwa enggal, lidipun wêwah kathah, pranatanipun enggal, makatên ugi padamêlanipun ugi enggal. Dados tanah Indiya punika ingêbyuk ing jaman paprentahan enggal. Salajêngipun ingkang wicaksana lajêng aparing wilujêng dhatêng para lid-lid polêksrad. Dhawuh pangandikanipun, bilih polêksrad samangke punika botên wêwah padamêlanipun, ananging wêwah têtanggêlanipun. Jalaran saking punika padamêlanipun para lid-lid inggih lajêng wêwah awrat, ananging ingkang wicaksana kagungan kayakinan, bilih para lid-lid wau têmtu sagêd nyakup sadaya padamêlan, kuwajiban lan têtanggêlanipun wau.

Makatên ugi ingkang wicaksana anglairakên rênaning panggalih dalêm, bilih kangjêng sri maharaja putri anêtêpakên paduka tuwan Mr. A. Neytzell de Wilde dados pangarsaning polêksrad malih. Sintên ingkang sampun nyumêrêpi kadospundi padamêlanipun paduka tuwan wau, kala dados pangar-

--- 324 ---

[Grafik]

H.C. Kerkkamp, Gedelegeerde, R.W. Dwijasewaya, Gedelegeerde, H.H. Kan, Gedelegeerde saha 3e Plaatsvervangend Voorzitter, Dr. J.I.J.M. Schmutzer, Gedelegeerde, F.H.K. Zaalberg, Ali Musa, Gedelegeerde, P.A. Mandagie, Gedelegeerde, B. Roep, Gedelegeerde, Mr. P.A. Blaauw, Gedelegeerde, Ir. Dr. Han Tiauw Tjong, Khouw Kim An, Th. Ligthart.

--- 325 ---

saning polêksrad ingkang kapêngkêr, têmtu sagêd mastani, bilih pamilihan punika kalêrêsan sayêktos.

Ingkang wicaksana angandika, bilih sawênèhing tuwan-tuwan ingkang kala rumiyin wontên ing parêpatan punika, samangke botên wangsul ing ngriku malih. Minôngka gantosipun tuwan-tuwan ingkang botên wangsul malih wau, ingkang wicaksana anindakakên rekadaya sasagêd-sagêdipun, eman sangêt, dene rekadaya dalêm punika botên sagêd katindakakên sadaya. Tumrap lêlabêtanipun para ingkang botên wangsul ing parêpatan punika malih, ingkang wicaksana atas namaning pamarentah andhawuhakên gênging panarimahipun.

Ing ngajêng ingkang wicaksana sampun andhawuhakên, bilih tanah Indiya punika amiwiti ngancik ing jaman enggal punika. Wiwit dintên punika, pranatan nagari Indiya ingkang enggal kawiwitan katindakakên kanthi salêrês-lêrêsipun. Bilih pranatan enggal punika botên adamêl marêming têtiyang sadaya, mila inggih sampun jaman limrah. Sanadyan makatêna ugi sadaya tiyang têmtu sami purun angakêni mênggah gunanipun pranatan kasbut nginggil.

Kajawi prakawis-prakawis ingkang pancèn dipun piyambakakên, botên badhe dipun wontênakên undhang-undhang lan pranatan paprentahan umum ingkang maligi utawi sabagian agêng angèngingi Indiya, sadèrèngipun polêksrad suka timbangan rumiyin. Prakawis-prakawis ingkang ngèngingi kawontênanipun tanah Indiya, utawi prakawis-prakawis ingkang mêsthi kapranata dening ordhênansi, wiwit samangke pranatanipun wau kadamêl dening kangjêng tuwan ingkang wicaksana gupêrnur jendral kanthi mupakatanipun polêksrad piyambak utawi para pangrèhing padintênan polêksrad, inggih punika ingkang dipun wastani: College van Gedelegeerden. Rancangan wragad Indiya ugi kêdah katêtêpakên wontên ing ngriku, inggih punika perangan-peranganipun ingkang dipun mupakati dening polêksrad lan kangjêng tuwan ingkang wicaksana gupêrnur jendral.

Ingkang wicaksana andhawuhakên, bilih sangang taun ingkang kapêngkêr kangjêng tuwan ingkang wicaksana gupêrnur jendral Graaf van Limburg Stirum sampun kagungan idham-idhaman ewah-ewahan ingkang makatên punika, amila dhawuh dalêm ingkang wicaksana, sampun dados pantêsipun, bilih kita sadaya abingah-bingah, ingatasipun salêbêting sangang taun, idham-idhaman wau sampun sagêd kadumugèn, ananging bab sanès-sanèsipun, ing sarèhning dèrèng wontên wohipun babarpisan, sampun dados wajibipun kita sadaya kêdah anindakakên kanthi satêmên-têmênipun, sintên ingkang sampun nate maos sêsorah dalêm kangjêng tuwan ingkang wicaksana gupêrnur jendral Graaf van Limburg Stirum sampun têmtu lajêng thukul gagasanipun warni-warni, kados ta: amêwahi kamajênganing rakyat, kagunan têtiyang pribumi, anumbasi wangsul siti-siti partikulir, angajêngakên têtanèn lan sanès-sanèsipun.

(Badhe kasambêtan)

--- 326 ---

Sato Kewan Isining Sagantên

Mênggah isining sagantên punika saking pêpak, kathah saha mawarni-warninipun, ngantos anukulakên pintên-pintên cariyos ingkang asring nyêbal saking nalar, kados ta: wontên cariyos ingkang ngandharakên, bilih ing sagantên punika wontên dewanipun ingkang angratoni ing saindênging samudra sadaya, inggih punika ingkang ajêjuluk: Bathara Baruna, malah ing cariyos padhalangan wontên lampahan ingkang nyariyosakên, bilih Sang Hyang Baruna wau mundhut mantu darah Pandhawa, inggih punika putra Jodhipati Radèn Ôntarêja kadhaupakên kalihan putranipun putri ingkang kêkasih Dèwi Barunawati. Sagêd ugi bilih lampahan ingkang makatên wau namung carangan kemawon, dados nyêbal saking pakêmipun, ananging ing sawênèhing panggenan, kados ta ing Magêlang, Têmanggung lan sanès-sanèsipun, lampahan wau sampun nama limrah. Malah ing ngrika kathah têtiyang ingkang sami rêmên, amargi saking anggènipun anêngsêmakên saha ramening lampahan.

[Grafik]

Botên namung bôngsa wetanan kemawon ingkang gadhah cariyosan ingkang anèh-anèh bab isining sagantên, sanajan bôngsa kilenan makatên ugi, kados ta kala rumiyin bôngsa kilenan anggadhahi kapitadosan, bilih ing salêbêting samudra punika wontên sawêripun ingkang saklangkung agêng, ingkang ambêbayani tumrap baita kapal ingkang sami lêlayaran, makatên ugi punggawa baita bôngsa kilenan sami anggadhahi kapitadosan, bilih ing salêbêting sagantên punika wontên warni titah, ingkang anggadhahi rai saha badan kadosdene manusa, ananging ing perangan ngandhap ulam, inggih punika ingkang sok kawastanan Sarinah (Zeemeermin) dene para Sarinah wau dipun cariyosakên manawi sami anakipun dewaning samudra. Dados bôngsa kilenan kala rumiyin inggih pitados, bilih ing sagantên punika wontên dewanipun [de...]

--- 327 ---

[...wanipun] ingkang angratoni ing ngriku. Dewaning sagantên dening têtiyang Jawi dipun namani: Bathara Baruna, mênggahing para kilenan dewaning sagantên wau kanamèkakên: Nèptunês (Neptunus). Para punggawa kapal ing jaman rumiyin sami anggadhahi kapitadosan, bilih Sarinah kasbut nginggil, asring anggêgodha dhatêng para têtiyang kapal. Ing sarèhning para Sarinah wau sami endah ing warni, kathah para têtiyang kapal ingkang sami kapencut saha lajêng anggêbyur ing sagantên, ingkang satêmah dados tiwasipun.

Tumrap têtiyang Jawi inggih wontên ingkang sami pitados, bilih ing salêbêting sagantên punika wontên ulam ingkang abadan manusa. Inggih punika ingkang dipun wastani ulam dhuyung. Mênggah miturut cariyosing tiyang, ulam dhuyung wau ing sakawit inggih manusa ugi, ananging sarêng kapêjahan ing lakinipun lajêng nglalu saha anggêbyur ing sagantên. Kala-kala manawi pinuju emut dhatêng ingkang jalêr, lajêng mêthungul saking sagantên saha nuntên atawang-tangis. Miturut cariyosing tiyang, sintên ingkang sagêd angsal luhing ulam dhuyung kalanipun nangis punika, lajêng sagêd angelutakên dhatêng tiyang sanès, amila lajêng wontên têtêmbungan: tiyang kenging dhuyung utawi lisah dhuyung. Punapa punika lêrês utawi botênipun kasumanggakakên ing para maos, ananging miturut ngilmu Khak, kados inggih kathah doranipun.

Tuladan-tuladan kasbut nginggil kados sampun cêkap tumrap ambuktèkakên kathahing cariyos-cariyos ingkang nyêbal saking nalar, jalaran saking kathah saha mawarni-warnining isi samudra. Dene cariyos-cariyos ingkang pancèn botên dora mila inggih kathah, kados ta: bilih ing salêbêting sagantên punika wontên sato kewan ingkang kanamèkakên sagawon sagantên, punika mila lêrês sayêktos, tôndha yêktinipun gambar ingkang kacêtha ing sisih punika, têmtunipun salah satunggiling para maos wontên ingkang maibên, bilih kewan punika dêdunung wontên ing sagantên, jalaran ing ngriku katingal anggadhahi kuping kadosdene kewan ing wana, ananging kauningana: sagawon sagantên punika ingkang kêrêp sami wontên ing kisik, dados gêsangipun wontên ing dharatan lan wontên ing sagantên.

--- 327 ---

Tataprunggu

Pancènipun kirang mungguh kalawarti Kajawèn punika dipun isèni karangan bab tataprunggu, ananging kawuningana: wontên sadhèrèk guru kintun sêrat dhatêng rêdhaksi Bale Pustaka, gadhah panêdha supados rêdhaksi nêrangakên bab tataprunggu wontên ing Sri Poestaka, jalaran sadhèrèk guru wau botên ngrêtos ingkang dipun wastani tataprunggu, sampun rêmbagan kalihan kônca-kancanipun guru mêksa botên angsal damêl, môngka kêpêksa mulangakên. Ingkang punika rêdhaksi manah prêlu mituruti panêdhanipun sadhèrèk guru wau, ananging katimbang andharan bab tataprunggu punika kapacak wontên ing

--- 328 ---

Sri Poestaka, aluwung wontên ing Kajawèn ngriki, awit Sri Poestaka, punika kalawarti basa Mlayu, dados bab tataprunggu wau dede mêsthinipun karêmbag wontên ing ngriku.

Sajatosipun ingkang pitakèn bab tataprunggu punika sampun kathah, ing sêrat kabar Sêdyatama inggih sampun nate wontên karangan ingkang nglairakên pitakèn bab makatên wau, ananging sasumêrêp kula dèrèng wontên wangsulan ingkang gumathok, bokmanawi kemawon sagêd dhatêng ingkang kajibah mangsuli, inggih punika kumisi bab kasusastran Jawi ing Srêwêdari. Ing sadèrèngipun wontên katêrangan saking kumisi kasusastran punika mêsthi kemawon tiyang-tiyang dèrèng sumêrêp patitis dhatêng bab tataprunggu wau, sagêdipun namung dugi-dugi awêwaton pamanggih ingkang kêlimrah ing sadèrèngipun wontên pêpathokan enggal bab kasusastran Jawi kados ingkang kadhawuhakên samangke punika. Dados pamanggih ing ngandhap punika dèrèng kenging dipun ugêmi lêrêsipun, namung lumayan kangge ambalabari ing sadèrèngipun wontên wangsulanipun ingkang wajib.

Nama: tataprunggu, punika ing sasumêrêp kula wontên ing tanah guprêmenan botên kêlimrah, jalaran Sêrat Paramasastra ingkang limrah kangge ugi botên nyêbutakên, mila botên anggumunakên manawi para guru kathah ingkang sami botên mangrêtos. Dados kintên-kintên ingkang nganggèkakên nama tataprunggu wau namung bangsaning Sêrat Paramasastra wêdalan tanah Kajawèn, bakunipun ing Surakarta. Wontên ing sêrat-sêrat utawi ing pangandikan, kula inggih dèrèng nate mrêgoki utawi mirêng bab têgêsing nama tataprunggu wau. Ing bausastra T. Roorda sarta K.F. Winter, nama: tataprunggu wau inggih botên wontên. Saking pamanggih kula piyambak, têgêsipun nama: tataprunggu, tataning rêrênggan, tataning pangrêngga, tataning pasrèn. Mênggah têrangipun makatên: tata = aturan, pranatan. Têmbung: prunggu = ing ngriku pakèwêd anggèn kula badhe nêgêsi, jalaran ing sasumêrêp kula, prunggu: punika namaning campuranipun têmbaga kalihan jasat sanès, sèng utawi timah, panunggilanipun ingkang kawastanan brons ing bôngsa Walandi, warninipun inggih kados têmbaga. Ananging têgêsipun têmbung prunggu: ingkang makatên wau wontên ingkang nama: tataprunggu: botên sagêd mantuk. Mila saking pangintên kula, prunggu: wau mêsthinipun kêlanturing têmbung: parunggu = pa + runggu. Têmbung runggu: punika miturut Sêrat Bausastra sami kalihan: runggwa, runggya, têgêsipun warni-warni, saking pamanggih kula namung satunggal ingkang sagêd mantuk wontên ing nama: tataprunggu, inggih punika: rêngga. Dados kajênging nama: tataprunggu: punika kintên-kintên: tataning pangrêngga, tataning pasrèn, ananging: pangrêngga, utawi: pasrèn, ing nama punika bokmanawi kemawon ingkang dipun kajêngakên: pangrêngga utawi pasrèn ingkang minôngka pakurmatan. Tandhanipun ungêl-ungêlan: kangge wontên ing tataprunggu: dipun têgêsi: kangge pakurmatan (wêwaton panyêratipun têmbung Jawi mawi sastra Jawi miturut putusan parêpatan kumisi kasusastran ing Sriwêdari kaca 12 bab X ada-ada 1):

Miturut sêrat wêwaton ingkang mêntas kula sêbutakên punika, aksara murda kengingipun kangge namung [na...]

--- 329 ---

[...mung] wontên ing tataprunggu, dados namung kangge pakurmatan. Sabên tiyang sampun ngrêtos ingkang dipun wastani pakurmatan, inggih punika pratôndha ingkang kangge nelakakên pangaji-ajining manah dhatêng tiyang sanès miturut tatakrama. Dados panganggenipun aksara murda miturut sêrat wêwaton wau, saking pamanggih kula namung manut watoning tatakrama balêjêd, pundi ingkang wajib dipun kurmati inggih kasêrat mawi aksara murda. Ingkang punika manawi badhe lêrês panganggenipun aksara murda, inggih kêdah dhamang sêsêrêpanipun dhatêng unggah-ungguhing tatakrama. Sêrat Tatasastra (pathokaning panyêrat saking pamoripun piwulang paramasastra, wyakarana, grammatica sarta paramabasa) wêdalan Surakarta nêrangakên, bilih tataprunggu punika sami-sami kalêbêt angèl piyambak pamathokipun, jalaran unggah-ungguhing tatakrama punika prasasat botên wontên andhêgipun, awit sanadyan priyantun ingkang sampun agêng inggih taksih wontên ingkang ngungkuli agêngipun malih, samantên ugi kosokwangsulipun, ingkang dipun wastani alit sagêd dados agêng jalaran wontên ingkang langkung alit malih.

Dados panganggenipun aksara murda miturut tataprunggu punika têrang botên gampil, ananging inggih kenging dipun ancêr-ancêri sawatawis makatên: ingkang wajib kasêrat ngangge aksara murda punika ingkang wajib angsal pakurmatan, kados ta: sêsêbutan sarta asmanipun ingkang wajib dipun ajèni. Ananging botên sadaya ingkang wajib dipun ajèni wau botênkata 'botên' tidak perlu dibaca. mêsthi wajib angsal pakurmatan, jalaran manawi ingkang wajib dipun ajèni punika kathah, ingkang wajib angsal pakurmatan namung ingkang luhur-luhur kemawon, malah ingkang wajib angsal pakurmatan jangkêp namung satunggal ingkang luhur piyambak, manawi wênang sinêmbah inggih angsal sêmbah miyambaki. Upaminipun kintun sêrat dhatêng lêlurah, punika asmaning lêlurah wau wajib kasêrat ngangge aksara murda, sarta sêsêbutanipun, manawi sakintên pantês inggih kasêrat ngangge aksara murda ugi, dene sêsêbutan sarta namanipun piyambak kêdah kasêrat ngangge aksara alit. Manawi kintun sêrat dhatêng tiyang sangandhapipun, punika mawi mawang-mawang. Yèn ingkang dipun kintuni punika prêlu dipun ajèni utawi dipun taklimi, sêsêbutan utawi namanipun inggih pantês kasêrat ngangge aksara murda. Upami nyariyosakên tiyang wontên ing sêrat utawi karangan, manawi tiyang punika pantês dipun kurmati dhatêng ingkang kintun sarta tampi sêrat, sêsêbutan tuwin asmanipun ingkang kacariyosakên punika wajib kasêrat ngangge aksara murda. Ananging manawi ingkang kacariyosakên punika kathah, ingkang mêsthi angsal pakurmatan aksara murda namung satunggal ingkang luhur piyambak.

Tuladha: Kula ngaturi priksa dhatêng kangmas Mantri Arjadarsana sakalihan, bilih benjing dintên Rêbo Pon tanggal 2 wulan punika kula gadhah kajat badhe nyunatakên ingkang putra anak kula èstri pun gêndhuk Sudarmi.

Kula tampi wêlingipun ingkang rama kangmas Patih Praja Pusara, benjing dintên Ngahad ngajêng punika ingkang raka Radèn Mas Asistèn Prajasuwignya katimbalan dhatêng Têmanggung.

--- 330 ---

Sarêng mantri pulisi kitha Radèn Mas Sujana tampi palapuraning lurah, enggal-enggal dandos sarta sowan dhatêng ingkang raka Radèn Mas Wadana Nitipura.

Ingkang sowan ing kabupatèn pêpak: Radèn Prajapusara: patih, Radèn Mas Nitipura: wadana, Radèn Rêksaardana: kolèktur, Radèn Mas Prajasuwignya: asistèn wadana, Radèn Mas Sujana: mantri pulisi. Sarêng Kangjêng Bupati miyos saking dalêm, ingkang sami sowan lajêng sami ngadêg saking kursi ngaturi urmat.

Makatên pamanggih kula bab panganggenipun aksara murda miturut tataprunggu, ananging lêrês lêpatipun prayogi ngêntosi katêrangan saking kumisi kasusastran ing Sriwêdari.

Wawasan Dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral, Bab Kawontênanipun ing Tanah Sumatrah Sisih Kilèn.

Ing ngandhap punika sêrat wawasan dalêm kangjêng tuwan ingkang wicaksana gupêrnur jendral ingkang katur dhumatêng kangjêng tuwan ingkang wicaksana ministêr jajahan (Minister van kolonien) ing nagari Walandi. Ing sarèhning kêpanjangên upami sêrat wau kapacaka sadaya, amila ing ngriki namung mêndhêt wosipun kemawon, mênggah suraosipun kirang langkung makatên:

Kala tanggal 4 Marêt ingkang kapêngkêr punika, ingkang wicaksana kondur saking anggènipun têdhak saking Sumatrah, amila inggih sampun dados pantêsipun, bilih ingkang wicaksana wau ngaturi angsal-angsalan dalêm wawasan kawontênanipun ing ngrika dhatêng ingkang wicaksana ministêr jajahan, ananging sarèhning tindak dalêm wau namung sawatawis dintên kemawon, têmtunipun inggih botên sagêd ngaturi kêtrangan-kêtrangan ingkang nyêkapi yêktos, mênggah sabab-sababipun ingkang anuwuhakên lêlampahan warni-warni ing tanah Sumatrah sisih kilèn. Ewasamantên katrangan-katrangan dalêm wau kenging kawastanan maton, amargi katrangan-katrangan wau sadaya, kajawi ingkang wicaksana anguningani piyambak, ugi angsal katrangan-katrangan saking para pangagêng ing ngrika, para opsir-opsir lan para partikulir. Tindak dalêm dhatêng Sumatrah punika botên ngêmungakên anjêmbarakên sêsêrêpan dalêm, nanging lajêng nuwuhakên pitakenan, punapa têdhak dalêm punika wontên gunanipun tumrap tanah-tanah ingkang dipun têdhaki wau. Pitakenan ingkang makatên wau, tumrap ing samangke mila dèrèng sagêd kasumêrêpan ing sanès, ananging miturut pangandikanipun para pangagêng ing ngrika, langkung malih miturut pangandikanipun paduka tuwan gupêrnur ing Ngacih, kintên-kintên mila inggih agêng gunanipun. Ing têmbe têmtu inggih badhe kasumêrêpan mênggah wohipun tindak dalêm wau. Ewasamantên samangke sampun kenging katêmtokakên, bilih tindak dalêm wau sagêd angicalakên pamanahing tiyang, bilih pamarentah punika namung amanggalih dhatêng kawontênanipun tanah Jawi lan Madura.

Ingkang wicaksana saklangkung rêna ing panggalih dalêm, dene kalanipun tindak wau sagêd anguningani, bilih para amtênar-amtênar pangrèh praja sami tumêmên [tumêmê...]

--- 331 ---

[...n] anggènipun nindakakên kuwajibanipun, makatên ugi para opsir-opsir sami katingal cikat ing damêl. Kajawi punika ingkang wicaksana tansah angalêmbana dhatêng para garwaning amtênar-amtênar lan opsir-opsir ingkang tansah bela ing damêl.

Kala rumiyin ingkang wicaksana sampun nate ngaturi uninga dhatêng ingkang wicaksana ministêr jajahan, bilih kawontênanipun ing Sumatrah sisih kilèn têntrêm. Sanadyan kala wontên gegeran wontên ingkang sami tiwas, ananging manawi kamanah panjang, kados inggih wontên saenipun, jalaran tuwuhipun gegeran wau, dèrèng ngantos kaum komunis angômbra-ômbra. Ingkang makatên wau para pangrèh praja saha pulisi enggal sagêd angrêgêm, saha têtiyang ingkang pancèn adamêl rêrêsah sagêd enggal konangan saha sagêd kasingkirakên saking ngriku. Punapa malih panindakipun para amtênar wau, sagêd angluwari para têtiyang ingkang têntrêm manahipun saking bêbaya-bêbaya ingkang andhatêngi wau, saha kapitadosaning dhatêng kakuwaosanipun pamarentah taksih ajêg lan saya wêwah. Amargi ing ngriku anyumêrêpi, bilih pamarentah sagêd anjagi kawilujêngan saha katêntrêmaning siti satêtiyangipun. Tôndha-yêktinipun, kala gêgêdhuging komunis nama: Si Pate sampun pinêjahan, têtiyang ing ngriku sami adamêl pista agêng-agêngan, minôngka angurmati wohing pangrekadayaning pamarentah, anumpês rêrêsah wau. Ananging panjaginipun dumugining samangke kêdah tansah kalajêngakên. Para têtiyang ingkang sumêdya adamêl rêrêsah kêdah kacêpêng saha kasingkirakên saking ngriku. Kala dipun wontênakên konpêrènsi ing Pordhêkok, para pangagêng-pangagêng golongan pangrèh praja sami ngaturi katrangan, bilih kawontênanipun satunggal-satunggaling tanah bawahipun sami wangsul têntrêm malih, saha botên pêrlu dipun kuwatosakên, bilih ing têmbe badhe tuwuh gegeran malih. Mênggah katrangan-katrangan ingkang makatên wau, miturut dhawuh dalêm ingkang wicaksana mila inggih kenging dipun pitados, namung wontên satunggal, asistèn residhèn, inggih punika asistèn residhèn ing Tanah Dhatar, Paduka Tuwan Karsen ingkang dèrèng sagêd anêmtokakên, punapa ing têmbe siti bawahipun sagêd têntrêm salaminipun. Katrangan ingkang makatên wau mila inggih wontên lêrêsipun, manawi angèngêti, bilih ing sabagiyaning apdhèling ngriku (ing Silungkang) têtiyangipun, kajawi kulina manggènipun tansah pindhah-pindhah, ugi taksih kêncêng anggènippun ngênggèni adatipun piyambak, kajawi punika têtiyang wau sami tumut-tumut adamêl rêrêsah.

Mênggah tumrap ingkang wicaksana piyambak, sanajan tindak dalêm wau miyos panggenan-panggenan ingkang mêntas katrajang ing gegeran, inggih punika ing Padhang, Solok, Sawahlunta, Porpantêkapèlên, Padhang Panjang, Pordhêkok, Payakombo, Lubuk Sikaping Lanbao, kanthi nitih oto kemawon, ewasamantên botên sagêd anguningani untabing para kawula. Ananging ingkang wicaksana jalaran sabab ingkang sampun cêtha, botên kêrsa amigatosakên.

(Badhe kasambêtan)

--- 332 ---

Panyuwunan

Sampun watawis lami kula gadhah niyat badhe nyuwun dhatêng para langganan Kêjawèn, punapa malih dhatêng panjênênganipun paduka rêdhaktur, ananging dèrèng kadumugèn. Sampun wataking tiyang ingkang kirang ing budi, punika tansah anggadhahi rikuh, utawi malih panganggêp ingkang rupi-rupi, la: sawangsulipun para sagêd dhasar taksih dêdalêm ing Surakarta, tumanduking karanganipun dumalundung cêtha tur gampil mangêrtos, dalasan têtêmbunganipun acengkok angrêsêpakên.

Ing rèhne kula punika sampun nami kadhung, ngaturi priksa panyuwunan, dados kula kêdah mêrsajakakên ingkang dados kabêtahan kula wau, inggih punika sêrat Kajawèn, sagêda kawêdalakên saminggu kaping kalih utawi kaping tiga. Ingkang makatên wau mugi para maos sami karsa paring pangaksama, awit sumêla kula kados gumagagah inggih botên, namung kemawon sagêda mindhak rêmên malih. Mênggah lugunipun kula sampun rumaos angsal pangayoman kalunturaning para sagêd ingkang sami karsa sudi ngarang ing Kajawèn. Sabab ing sadayaning karangan, sadumadak sami gadhah suraos paring pitêdah nênuntun dhatêng para maos ingkang cupêt kawruhipun, punapa malih dhatêng kula, pangalêm kula tanpa upami, dhasaripun kula punika trahing alit, môngka dêdunung ing parêdèn, jêbul manggih Jawi tulèn (Surakarta) gênging panuwun kula tansah ambal-ambalan. Ing Kajawèn rumiyin sampun kawrat bantahanipun Garèng lan Petruk, inggih punika Kajawèn badhe kadamêl sae kadosdene Panji Pustaka, nanging têka watawis lami dèrèng kêdadosan. Dhasaripun kula punika nami kapencut, sanadyan wontên ingkang ngêndikakakên kadospundi, kula inggih botên mundur, tambah kula dhêlikakên isin kula, sukur kula sagêd katampèn pangunêg-unêging pikir kula. Mila saking adrênging manah, kula lajêng gadhah panyuwunan, ingkang supados tumuntên kinabulakên. Saupami panjênênganipun para langganan sampun sarujuk sami karsa, namung kemawon rêgining kwartal inggih badhe kaindhakakên, nanging ingkang punika gumantung dhatêng paduka pangagênging Kajawèn, sanadyan karebah kula inggih prêcados lan putus akanthi sucining pênggalih, utawi malih botên damêl cuwaning para langganan.

Kula langganan 342 Turèn. Radèn Sasrasewaya.

Rêdhaksi Kajawèn rumaos bingah nampèni sêrat panjênêngan ingkang suraosipun kados ing nginggil punika, amratandhani bilih panjênêngan karênan tuwin migatosakên dhatêng suraosing Kajawèn, mila rêdhaksi ngaturakên gênging panuwun.

Bab santuning tapihipun Kajawèn, punika kula aturi nyabarakên, kados tumuntên kalampahan. Dene bab indhaking wêdalipun Kajawèn, sanadyan dèrèng kalampahan, nanging ing sapunika cacahing kacanipun sampun kaindhakan dados 20, bokmanawi indhaking kaca wau sampun ragi damêl pamarêming galih. Mila saupami sapunika ing dalêm saminggu badhe kawêdalakên kaping kalih, ragi wontên pakèwêdipun.

Red. Kajawèn.

--- 333 ---

Parêpatan Pakêmpalan Sêdyamulya

Candhakipun Kajawèn ôngka 20.

Anglajêngakên sêsorahipun Kangjêng Radèn Mas Adipati Arya Kusumahutaya, juru sabda angandikakakên, bilih rad dhusun punika manawi sampun kawontênakên, katêtêpanipun lurah dhusun botên kok lajêng kanthi pilihan kados samangke punika, ananging kêdah katêtêpakên saking nginggil, prêlunipun lurah dhusun sagêda nindakakên panguwasanipun punapa mêsthinipun.

[Grafik]

Nginggil punika gambaripun panampining para tamu ingkang sami rawuh ing konggrès pakêmpalaning para bupati ing kantor rad kabupatèn ing Batawi.

Miturut utusan panaliti ugi amigatosakên, mênggah wohipun pranatan wontênipun siti krajan, ingkang anjalari tuwuhing pranatan-pranatan ingkang botên sae saha prentah alus. Asring kemawon kalampahan, wontên tiyang tani sitinipun kacabut, ingkang kala punika dèrèng dipun tanêmi. Môngga dipun panggalih kemawon, upami siti gadhahaning pabrik, wêkdalipun môngsa pacêklik, botên dipun tanêmi ujug-ujug lajêng kacabut kemawon. Ingkang makatên wau asring sok katindakakên wontên ing padhusunan kanthi gêgandhulan, ordhonansining gêmintê dhusun. Parêpatan dhusun lajêng kaprentah kemawon, murih adamêl putusan ingkang makatên wau. Dene manawi makatên wau botên dipun turut, lajêng têtiyangipun sakêdhap-sakêdhap tansah katimbalan wontên ing asistenan utawi ing kawêdanan. Cara ingkang makatên wau ugi katindakakên kala badhe ngawontênakên lumbung dhusun. Kala ing kadhistrikan dipun wontênakên kêmpalan ingkang kaping nêm [nê...]

--- 334 ---

[...m] angrêmbag bab punika, sampun kathah têtiyang ingkang lajêng manut kemawon, sarêng dipun wontênakên kêmpalan ingkang kaping pitunipun, sadaya têtiyang dhusun sami mupakat kalihan karsaning kapalanipun dhistrik, bilih lumbung punika badhe anyugihakên sadaya tiyang ing dhusun. Sasampunipun wontên kêmpalan ingkang kaping 7 ing kondhisi sêtatipun priyantun wau lajêng kasêrat makatên: pintêr bangêt sêsrawungane karo wong cilik.

[Grafik]

Para tamu ingkang sami rawuh ing konggrès sami dhahar pasugatan.

Pungkasaning sêsorahipun Kangjêng Radèn Mas Adipati Arya Kusumahutaya, angaturi têtimbangan, mugi-mugi pranatan ingkang makatên wau enggala kaicalakên, bokmanawi ing têmbe têtiyang Jawi lajêng botên patos kèlu sangêt-sangêt dhatêng sadaya ingkang asli saking tanah Eropah, ananging wusananipun lajêng sagêd rumagang piyambak. Pranatan ingkang samangke punika tumrap angajêngakên rakyat mila lêpat.

Sasampunipun rampung, ingkang lajêng kaaturan sêsorah Kangjêng Radèn Tumênggung Arya Sasra Adiwijaya, ingkang bupati ing Dêmak. Ing sakawit juru sabda angandikakakên bab wajib lan pangkat lurah dhusun, utawi malih katêtêpanipun lurah punika turun-miturun, sadaya wau miturut sêrat utusan panaliti (enguete) ing ngriku juru sabda angandikakakên, bilih pangrèh praja botên pisan-pisan andayani dhatêng pilihanipun lurah dhusun, ing ngriku inggih lêrês sok asring wontên tumindak bêsêl, ananging sarêng wontên dêduka ingkang sandi, ingkang makatên wau sapriki lajêng botên tumindak malih. Salajêngipun juru sabda lajêng angandikakakên miturut cathêtan-cêthêtanipun, mênggah pangasilanipun lurah dhusun. Ing ngriku kacariyosakên, bilih kêrêp sangêt kalampahan wontên lurah kapêcat saking padamêlanipun, dene ingkang nyuwun kèndêl saking pikajêngipun piyambak, punika awis-awis.

Salajêngipun juru sabda lajêng anêrangakên, kadospundi cara-caradipunCara-caranipun. kêmpalan dhusun, kanthi ngandikakakên, bilih punggawa pangrèh padhusunan punika awis sangêt anggènipun kèndêl saking padamêlanipun. Sajatosipun punggawa pangrèh padhusunan punika kenging kawastanan pambantunipun lurah

--- 335 ---

dhusun, utawi ingkang sami nindakakên sadaya putusaning pakêmpalan dhusun. Limrahipun manawi kalêrês dipun wontêni pakêmpalan dhusun, kathah ingkang sami dhatêng. Pranatan-pranatan sanèsipun, dhusun bakunipun botên gadhah. Inggih lêrês, bilih ing padhusunan sok asring wontên satunggiling golonganing têtiyang sêpuh, ingkang asring dipun têdhani têtimbangan warni-warni. Makatên ugi juru sabda angandikakakên, bilih kawontênan golongan-golongan ing dhusun punika sok andayani dhatêng pakêmpalan dhusun, amargi ing ngriku namung kuli-kuli kêncêng kemawon, ingkang anggadhahi wawênang milih. Mênggah kakiyatanipun dhusun punika, miturut pangandikanipun juru sabda, botên kanthi pirantos kakiyatan, ananging ngêmungakên kanthi pangrêmbag kemawon. Makatên ugi haking dhusun bab pangadilan, sanadyan taksih kaanggêp, ananging samangke sampun botên dipun pigunakakên malih. Miturut pangandikanipun juru sabda, dumugining dintên samangke kuwajibanipun dhusun sagêd dipun tindakakên kanthi sae, ananging ing têmbe têmtu botên sae malih, manawi pranatanipun pangrèh dhusun botên lajêng dipun ewahi. Saya dangu kuwajibanipun lurah dhusun punika, namung miturut prentah saking nginggil, tumrap pados rekadaya piyambak prasasat botên sagêd, satêmah ngadêging pribadi ing dhusun-dhusun saya dangu lajêng saya ical. Amila pranatan cara modhèl enggal pêrlu sangêt nuntên katindakakên. Mênggah pilihanipun lurah dhusun mugi kalêstantunakên, ananging ingkang kêdah badhe kapilih dados lurah punika, ing sadèrèngipun kêdah amilih tiyang ingkang anyêkapi sayêktos, jalaran lurah dhusun punika inggih kêdah tiyang ingkang kenging dipun pitados dening dhusunipun. Dene lurah ingkang prêlu katêtêpakên saking nginggil punika, namung tumrap ing sawênèhing dhusun kemawon. Mênggah wontênipun pakêmpalan dhusun punika sajatosipun asring adamêl pitunanipun têtiyang dhusun, amila inggih prêlu sangêt lajêng enggal dipun wontênakên rad dhusun. Wontênipun pakêmpalan dhusun, namung manawi badhe angrêmbag prakawis-prakawis ingkang wigatos kemawon, dados ing ngriku pakêmpalan dhusun ingkang adamêl pranatan, lan rad dhusun ingkang anindakakên.

Pungkasaning sêsorahipun, juru sabda animbang pêrlu, bilih dhusun punika dipun wênangakên anarik paos, ananging ugi kawênangna adamêl pranatan ukuman.

Salajêngipun ingkang sêsorah: Mas Muhamad Sudiyana, wadana ing bêstir sêkul, minôngka wêwakilipun para amtênar ingkang sami sinau wontên ing bêstir sêkul. Juru sabda anêrangakên, bilih piwulang modhèl enggal punika, bab kawontênan padhusunan, kados ta bab paprentahan utawi pranatan sanès-sanèsipun, rumasuk ngantos lêbêt sangêt. Ing môngka padhusunan-padhusunan botên sagêd ananggulangi kamajêngan cara modhèl enggal wau, satêmah wohipun tamtu inggih lajêng botên sae. Jalaran lajêng ngawontênakên pranatan mawarni-warni, ingkang nuntên kapasrahakên dhatêng têtiyangipun dhusun. Padamêlan sêrat-sêratan lajêng mindhak kathah, ingkang makatên punika dhusun inggih botên sagêd nindakakên.

(Badhe kasambêt)

--- 336 ---

Jagading Wanita

Kagaliha kalihan tindak.

Mèh sabên panggenan wontên tiyangipun ingkang botên gadhah anak. Saking kumêdah-kêdahipun badhe amomong lare, tarkadhang rintên dalu ngantos dipun rencangi anyênyuwun, ngêngirangi, mrika-mriki amêrdhukun, lan sanès-sanèsipun. Sintên ingkang botên wêlas, manawi sumêrêp tiyang kados makatên. Langkung-langkung manawi mirêng sambatipun: besuk yèn mati sapa sing ngopèni. Samantên apêsipun tiyang botên gadhah anak. Dados kosok wangsulipun: agêng sangêt kabêgjanipun tiyang pinaringan momongan. Sarèhne bêgja wau anglangkungi, pramila kêdah kajagi supados kabêgjan sagêda tulus, sampun ngantos sirna. Ing ngriki ingkang kêdah dipun manah, lajêng panyêpênging lare. Punika botên gampil, mlèsèd sakêdhik asring anuwuhakên kacilakan agêng.

Sintên ingkang dipun pasrahi prakawis punika?

1. Manawi lare taksih alit, bapa biyung.

2. Manawi lare sampun sinau, guru.

Bageyan nomêr 1 bapa biyung. Inggih punika ingkang kuwajiban anggulawênthah anak saking wiwitan. Anggulawênthah inggih punika kagunan ingkang kangge ambangun lare, sarana nyampurnakakên dayaning lare ingkang sae, anyirnakakên tumiyunging lare dhatêng piawon. Punapa inggih makatên. Bokmanawi kemawon ing salêbêting lare taksih lêmbat, ingkang kaudi langkung prêlu bab kasarasaning badan, amargi wêdharing pakaryaning sukma kados-kados dèrèng kêtawis. Ananging ugi sampun (uwis) cêcawis saha nyingkirakên prakawis ingkang sakintên dados dhadhakaning piawon. Lha, punika biyung ingkang kêdah angatos-atos, awit kêmpaling lare kalihan biyung punika langkung kathah katimbang kalihan bapa. Pramila kêdah tansah èngêt bilih dayaning bayi, langkung-langkung ingkang bantêr kasampurnanipun, inggih punika sênêng nyathêt sadaya ingkang kêpirêng lan nirokakên samukawis tindak ingkang dipun tingali. Milanipun sadaya ingkang têtunggilan kalihan lare wau kêdah ngatos-atos mênggahing tata pangucapipun.

Bapa biyung wajib angawisi yèn wontên lare utawi tiyang ingkang gêginêman utawi nindakakên kirang pantês. Pamilihipun rencang ingkang kangge amomong kêdah ingkang prayitna, supados sagêd tumbuk kajênging bapa biyung ambangun wêwatêkan lan kasusilaning lare. Abdi ingkang awon gampil anggènipun nularakên têtêmbungan awon lan kêlakuwan ugi. Lare punika manawi wiwitan sampun awon, adat angèl anggènipun angewahi, kados upaminipun pa sampun bengkong, angèl anggènipun anglêrêsakên.

Manawi lare sampun kathah pangrêtosanipun, sampun (aja) kakulinakakên kalihan têmbung pangalêm. Têtêmbungan punika sagêd anuwuhakên watak dhiri, lan lajêng botên purun angakêni lan anyumêrêpi lêpatipun piyambak. Têmbung pangalêm cêkap saprêlunipun kemawon.

--- 337 ---

Lare sampun kaiming-imingi barang ingkang adi lan sanès-sanèsipun. Amargi kasupèn utawi mila namung kangge ngayêm-ayêmi lare sawatawis wêkdal, bapa biyung lajêng botên anuhoni jangji, lare botên tampi punapa-punapa, punika nukulakên kirang kapitadosaning lare dhatêng tiyang sêpuh. Manawi kêlajêng-lajêng, agêngipun lare lajêng anyêpèlèkakên dhatêng tiyang sêpu,sêpuh. amargi dipun dorani. Pramila dora kangge lare alit punika sangêt amutawatosi.

Prakawis gêmi lan anyrêngêni lare kados sampun kasêbat ing Kajawèn. Kaparênga amêwahi sakêdhik ingkang asring kêpirêng lan kula sumêrêpi: srêngên sagêd nuwuhakên watak anggragap, lare dados bingungan, ajrih dhatêng bapa biyung. Ing môngka lare botên kêdah ajrih dhatêng tiyang sêpuh, nanging kêdah ajrih asih. Lêpat anggènipun ngênêng-ênêngi biyung sarana têmbung: mênêng, bapakmu têka. Ing ngriki bapa lajêng kaupamèkakên tiyang ingkang angajrih-ajrihi.

Ing nginggil sampun kasêbat, rencang kêdah tumbuk kalihan kajênging bapa biyung ing bab ambangun wêwatêkan lan kasusilaning lare. Ibu lan bapa sêmantên ugi, kêdah anunggil kajêng. Kêrêp kalampahan, bapa kêras, biyung wêlas. Lare lajêng bingung, pundi ingkang dipun turut murih saening lampah, bapa lan biyung kêdah asring rêmbagan bab punika, kadosdene angrêmbag tanjaning arta kangge kabêtahaning griya.

Mevr. Cakrawardaya.

(Badhe Kasambêtan)

[Grafik]

Dèrèng dangu punika wontên pawartos, bilih ing griya Pajagalan enggal ing Pagirikan (Surabaya) lêmbu-lêmbu ingkang sami kapragat ing ngriku botên kapragat miturut pranatan Islam. Ing nginggil punika minôngka katrangan, manawi kabar ingkang makatên wau botên lêrês.

--- 338 ---

[Grafik]

Kala tanggal 14 Mèi ingkang kapêngkêr punika, ing Batawi dipun wontênakên tandhingan bal-balan, inggih punika pakêmpalan Oliveo (Batawi) kamêngsahakên kalihan pakêmpalan main bal saking Manilah, pungkasanipun Batawi ingkang jaya 4-2. Nginggil punika gambaripun main tandhingan wau. Ingkang rasukan pêthak, clana cêmêng Oliveo, dene ingkang rasukan cêmêng clana pêthak: Manilah.

--- 339 ---

KRONIEK

Kabar warni-warni.

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

Wontên pawartos, bilih up bêstir Muhamadiyah ing Ngayogyakarta, sampun tumbas siti ing Kêtanggungan. Saha lajêng dipun êdêgi griya pamulangan H.I.S. pamulangan sambêtan (Schakelschool) lan pamulangan calon guru (Kweekschool). Ing pamulangan tiga-tiganipun wau mawi wulangan agami.

Kabaripun, up bêstiring pakêmpalan Muhamadiyah ing Ngayogya samangke sampun ngawontênakên satunggiling rad ingkang kanamakakên: Rad Trajèh. Mênggah sêdyanipun rad wau, nitipriksa saha mutus prakawis-prakawis ingkang gêgayutan kalihan prakawis agami. Inggih punika manawi kalêrês wontên gèsèhing pamanggih ingatasipun bab wau. Dene ingkang kapilih dados warganing Rad Trajèh: 1 Tuwan Haji Mansur (Surabaya), 2 Tuwan Haji Mukti (Kudus), 3 Tuwan Sutan Mansur (Tapanuli), 4 Tuwan Karta Sudarma (Batawi), 5 lan 6 Tuwan-tuwan Haji Muhtar, lan Anis (Ngayogyakarta).

Kabaripun ing taun 1928 punika, nagari kagungan karsa badhe yasa gêdhong A.M.S. piyambak ing Surakarta. Ing samangke pamulangan A.M.S. punika manggèn ing griya sewan kemawon.

Wontên pawartos, bilih Tuwan Dr. Sardana, ingkang anglajêngakên pasinaonipun wontên ing nagari Walandi, tilar donya wontên ing ngrika. Anilar garwa lan putra satunggal ingkang sawêg umur sataun.

Saking Serang kawartosakên, bilih tiyang cacahipun 300 ingkang katahan wontên ing kunjara amargi kadakwa gêgayutan kalihan gegeran komunis, samangke sami kawêdalakên saking tahanan, amargi kirang têrang kalêpatanipun.

Tumrap amitulungi têtiyang ingkang kenging bêbaya lindhu ing Sumatrah sisih kilèn, dumugi samangke, Sêmèru pon sampun sagêd angêmpalakên arta gunggung f 581021,81 dene komite ing Padhang sampun sagêd angêmpalakên f 222739,17 dados angsal-angsalanipun Sêmèru pon, gunggung wontên f 803.760,98, arta samantên wau ingkang f 25000.- saking Oranje Kruis ing Amsêtêrdham (nagari Walandi). Dene ingkang sampun kadarmakakên dhatêng têtiyang ingkang sami kenging ing bêbaya wau f 230880,50, ingkang sampun katamtokakên badhe kadarmakakên malih f 443.077.75, dados gunggunging arta ingkang badhe kadarmakakên f 673.958,25. Kajawi punika wontên tiyang cacahipun 7163 ingkang badhe kadarman arta f 94- sabên tiyang satunggal.

Wontên pawartos, bilih Tuwan Ir. Surahman, botên dangu malih badhe dhatêng Surakarta prêlu analiti bab kawontênanipun panggaotan bathik ing ngriku.

Benjing tanggal 5 Juni ngajêng punika, pakêmpalan Muhamadiyah apdhèling Surakarta, badhe adamêl pista têtakan tumrap lare-lare yatim wontên ing kamar bolah militèr Mangkunagaran. Mênggah cacahing lare ingkang badhe dipun têtaki punika sadaya wontên 100, pakêmpalan samangke sampun ngaturakên sêrat panuwunan dhatêng nagari, murih dipun wontênana para bong utawi dhoktêr, ingkang kajibah nêtaki utawi anjampèni lare-lare yatim wau.

Benjing wulan Juli ing ngajêng punika, saking dhawuh dalêm ingkang Sinuhun ing Surakarta, ing ngrika badhe ambikak pamulangan H.I.S. tumrap para wanita, dene ingkang dipun tampi ing pamulangan kasbut ngêmungakên para putri santana dalêm kemawon ngantos grad 4. Pamulangan H.I.S. enggal punika, badhenipun dados sêsambêtanipun pamulangan probêl kraton ingkang samangke sampun wontên, inggih punika ingkang kawastanan: Pamardi Putri.

Kala dintên Slasa ingkang kapêngkêr punika, pakêmpalan Muhamadiyah apdhèling Surakarta, sampun lêstantun ambikak griya sakit gadhahanipun pakêmpalan kasbut. Kala pambikakipun wau kathah ingkang sami anjênêngi, kados ta: tuwan-tuwan kaptèn Tiyonghwa, kaptèn Arab, lan pintên-pintên para amtênar pribumi. Kala punika mudha pangarsaning pakêmpalan kasbut, Mas Ngabèi Martasuwignya adamêl sêsorah, anêrangakên, bilih griya sakit wau kasadhiyakakên tumrap kapêrluwanipun sadaya bôngsa, botên pisan-pisan angèngêti dhatêng agaminipun satunggal lan satunggalipun tiyang ingkang badhe jêjampi. Kajawi punika juru sabda anglairakên gênging panuwunipun dhatêng Tuwan Dr. Suratman, dene panjênênganipun wau sampun sagah sumêdya paring pitulungan kanthi lêlahanan kemawon.

--- 340 ---

FEUILLETON

Lêlampahanipun Prabu Tristan lan Putri Isolde

2

Prabu Tristan Kala Taksih Timur

O, tuwan, bapa kula sudagar, sanès baron, kesah kula saking ing griya, kula botên cariyos dhatêng sintên-sintên, dhatêng pun bapa inggih botên, kesah kula numpak baita, awit kula kêpengin sumêrêp kawontênan sarta tatacaranipun têtiyang ing nagari sanès, manawi sampeyan karsa nampèni, kula purun andhèrèk dados gêrma, mangke kula aturi sumêrêp tata caraning gêrma ingkang langkung utami. Pangajênging gêrma wicantên: sadhèrèk Tristan, kula gumun sangêt dene wontên nagari ingkang para anaking sudagar kemawon têka sami gadhah kasagêdan ingkang botên kasumêrêpan dening para putraning satriya ing nagari sanès. Panêdha sampeyan tumut dados gêrma kula tampèni tangan kalih. Môngga sampeyan kula sowanakên ing ngarsanipun Sang Prabu Marc.

Kasambi arêrêmbagan, anggènipun amurak-murak sangsam sampun rampung. Jantung tuwin jêroan sanèsipun tuwin balunging bathuk katêdhakakên dhatêng sagawon-sagawon wau, punapa malih sang pangeran lajêng ambukani conto dhatêng para gêrma, kadospundi pangêduming têdhanipun sêgawon, tuwin kadospundi pangundangipun. Dene pandumanipun para gêrma sami dipun sunduki ing sujèn agêng-agêng ingkang kawangun kados garpu. Wontên ingkang kêbagean êndhas, pupu, lulur tuwin sanès-sanèsipun. Sasampunipun para gêrma sami anyengklak kapalipun, lampahipun lajêng katata dening Pangeran Tristan jèjèr kalih-kalih saha tumuntên bidhal. Sarèhning lampahipun mawi dipun tata, pramila bilih tiningalan, sakalangkung rêmpêg anyênêngakên. Botên antawis dangu sang pangeran sumêrêp karaton sae tuwin katingal kiyat sangêt. Karaton wau angajêngakên sagantên, kinubêng ing patamanan saha ara-ara jêmbar sangêt. Lèpèn-lèpènipun katingal pating srèwèh sami anjog ing sagantên. Ing palabuhan kathah baita dagang saking nagari sanès sami labuh. Ing saubênging karaton katembok inggil sarta santosa, pramila botên gampil kalêbêtan ing mêngsah, tur wontên mênaranipun inggil-inggil, ingkang kadamêl sela cêmêng. Miturut kapitadosaning têtiyang ing jaman samantên, mênara wau damêlanipun danawa. Para prajurit ingkang sami jagi karaton sagêd ningali kawontênan ing sajawining karaton ngantos têbih sangêt. Sarêng Pangeran Tristan ningali karaton wau lajêng pitakèn: punapa namanipun karaton punika. Pangagênging gêrma amangsuli: kraton punika namanipun Tintagel. Pangeran Tristan wicantên: Tintagel, mugi-mugi ingkang Maha Kawasa aparing bêrkah dhatêng karaton punika tuwin dhatêng ingkang sami manggèn ing salêbêting karaton ngriku.

Kala rumiyin Sang Putri Blaneeflor inggih punika ingkang ibu Sang Pangeran Tristan wau kadhaupakên kalihan ingkang rama Prabu Rivalen wontên ing salêbêting karaton Tintagel punika, nanging Pangeran Tristan botên sumêrêp. Sadumuginipun ing sangandhaping mênara panggenaning prajurit jagi, para gêrma lajêng sami angungêlakên salomprètipun. Prabu Marc saha para baron lajêng tindak dhatêng ing gapuraning karaton, pangajênging gêrma-gêrma wau lajêng ngaturi wuninga dhatêng Prabu Marc sadaya lêlampahanipun kala ambujêng sangsam ngantos têpang kalihan Tristan tuwin kawontênanipun lare neneman wau anggèning gadhah kasagêdan mênggah cara-caraning gêrma utami ingkang sampun kapitongtonakên dhatêng piyambakipun tuwin dhatêng para kônca-kancanipun sadaya. Prabu Marc gumun sangêt amriksani saening pranataning lampahipun para gêrma ingkang sami numpak kapal, makatên ugi bab pambagenipun sangsam, langkung gumun malih sarêng amriksani dhatêng lare neneman ingkang bagus warninipun punika, dene lajêng kagungan panggalih trêsna dhatêng lare ingkang sawêg kauningan sapisan punika.

Para maos tamtu badhe sagêd ngintên-ngintên piyambak, punapa sababipun dene Prabu Marc lajêng kagungan tancêp wêlas lan asih dhatêng Pangeran Tristan wau. Sanajan sang prabu botên wuninga bilih lare neneman punika kapenakanipun piyambak, nanging raosing manah botên kenging dipun colong. Ing wanci sontên sabibaripun dhahar, sang prabu saha baron-baron sami mirêngakên sindhèn lan sêndhonipun tukang sulap saking Wales. Anggènipun sindhèn kabarung ungêling clêmpung, ingkang katabuh piyambak. Swaranipun sakeca sangêt, tur sindhènipun nyariyosakên dongèng sae-sae. Sarêng tukang sulap wau badhe miwiti sindhèn cariyos sanèsipun malih, Pangeran Tristan tumuntên wicantên: tiyang sagêd têmbang ingkang badhe sampeyan angge sindhenan punika sae sangêt, manawi botên lêpat têmbang punika karanganipun bôngsa Bretagne jaman rumiyin, inggih punika kangge mèngêti lêlampahan saha katrêsnanipun Graelent.

(Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]