Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1927-06, #1641

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1927, #1641
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1927-02, #1641. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #366.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1927-05, #1641 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #367.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1927-06, #1641. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #368.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1927-08, #1641. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #369.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1927-09, #1641. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #370.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1927-10, #1641. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #371.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1927-12, #1641. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #372.

Ôngka 26, 28 Bêsar Taun Wawu 1857, 30 Juni 1927, Taun II.

Kajawèn

Kawêdalakên Sabên Dintên Kêmis.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Tanah Arab.

[Grafik]

Kados ing nginggil punika pasawanganipun kitha Cana'a' tanah Yaman. Kitha wau kina sangêt, dunungipun Mêncil, kêslêmpit ing rêdi, ingkang inggilipun 2200 M. Tiyang sagêdipun dumugi ing ngriku rêkaos, dening rumpiling margi. Ing ngriku punika pasitèn loh jinawi. Sanadyan ing tanah Arab, nanging wontên jawah.

--- 422 ---

Arta Kêrtas Enggal

[Grafik]

Arta kêrtas enggal ingkang rêgi f 5.-

[Grafik]

Arta kêrtas enggal ingkang rêgi f 10.-

[Grafik]

Arta kêrtas enggal ingkang rêgi f 25.-

Ing sisih punika gambar arta kêrtas enggal warni tiga, rêgi f 5.-, f 10.-, tuwin f 25.-. Ing ngriki Kajawèn prêlu angêwrat gambaripun arta kêrtas enggal punika, supados tiyang kathah sagêd sumêrêp sayêktos mênggah warni saha rêgining arta kêrtas wau. Amargi sakathahing tiyang botên sadaya sagêd maos, amila manawi kirang pangatos-atosipun, sok lajêng gampil anggènipun kapusan. Kados para maos inggih asring maos ing sêrat-sêrat kabar, utawi mirêng pawartos, bilih wontên tiyang ambalubukakên arta kêrtas ingkang lugunipun botên pajêng wontên ing tanah Indhiya ngriki. Malah dèrèng dangu punika wontên kabar rame ingkang nyariyosakên, bilih kathah tiyang kapusan mawi arta kêrtas f 50.- mênggah mula-bukanipun makatên: kala punika wontên tiyang ambêkta pakabaran, bilih arta kêrtas nyèkêt rupiyah punika sampun botên pajêng malih, ewasamantên tiyang wau sagah anulung dhatêng tiyang-tiyang ingkang taksih gadhah arta

--- 423 ---

kêrtas nyèkêt rupiyah wau, inggih punika nglintoni artanipun wau, kanthi kacêngklong sawatawis, ing wusana arta kêrtas f 50.- lajêng katukar mawi arta f 30.- utawi f 35.-. Dene têtiyang ingkang dipun apusi wau botên rumaos manawi kapusan, malah angalêmbana dhatêng tiyang ingkang kakabarakên rêmên têtulung wau. Tujunipun prakawis punika lajêng enggal kasumêrêpan ing pulisi, upami botêna, tamtunipun langkung kathah malih têtiyang ingkang kenging kaapusan, ing môngka sajatosipun arta kêrtas wau taksih pajêng, upami dipun lintokakên ing kantor-kantor gupêrmèn, tamtunipun inggih sagêd angsal lintu arta sarêginipun, inggih punika f 50.-.

Amila benjing malih manawi wontên pawartos ingkang sagêd adamêl rugining badan kados ing nginggil punika, mugi anêrangna rumiyin dhatêng lurah, kapalaning dhistrik utawi ondhêr dhistrik ingkang kinintên sumêrêp lêrês utawi botênipun pawartos ingkang sinêbar wau.

Kajawi arta kêrtas ingkang gambaripun kaêwrat ing nginggil punika, watawis dintên malih ugi badhe kawêdalakên arta-arta kêrtas enggal malih ingkang rêgi f 20.-, f 30.- saha f 40.-.

Tiyang Lêlana Madosi Têlênging Panggayuh

[Dhandhanggula]

[Dhandhanggula]

duk ing dangu kawarna ing tulis / wontên wênèhing janma lêlana / kongsi sirna mêmanise / lampahira ngêlangut / lir koncatan rasèng pambudi / angga karasa lêsah / lumpuh tanpa bayu / labêt lakune sumêngka / ngambah anèng sêsêngkan pèrènging wukir / yayah tanpa wasana //

punang arga katon inggil mêncit / mung cat-catan pucake sumamar / bêblês lir cakêt srêngenge / pêtêng tinutup pêdhut / parandene tan rasa miris / tan pisan ngundurana / têtêp bakuh kukuh / nêdya mangrangsang aldaka / kang ing pucak kawuryan mêsjid gêng mrêgil / sumorot wèh pirêna //

pan kawêdhar prasêtyaning ati: / nora pisan lamun ngundurana / maring kêncênging ciptane / kalamun maksih idhup / apan nêdya têtêp ngantêpi / sumêngka praptèng pucak / aywa tanggung-tanggung / mangkana sotaning driya / tan umèngêt rasa rêkasaning dhiri / mung têtêp mantêp ing tyas//

apan karan aranirèng wukir / pantês nama parêdèn pangajap / dening mèt saking namane / têmah mawèh kayungyun / sanggyanira ingkang miyarsi / paksa kumudu ngambah / pangajaping kalbu / marma kang andon lêlana / sruning cipta kumudu kukuh ngantêpi / tan surut drênging sêdya//

dyan mangkana panglocitèng ati: / nadyan ingsun nêmahi sangsara / lan tan tumêkèng pucake / nanging aran wus wêruh / lan tumindak têtêp ngidaki / pangajap dêrênging tyas / dene kajêngipun / wêdharing ucap mangkana / mung minôngka panglipur rêntênging pikir / yèn kasok kasayahan //

mung jatine ing salami-lami / tanpa kêmba myat ngêndhoni sêdya / kang mrih mêmurung lakune / marma ayêming kalbu / manggung têtêp rasa sumandhing /

--- 424 ---

samana kacarita / lampahe wus tutug / anèng pucaking aldaka / kang umèsi masjid gêng rarase asri / nulya dhèhèm nyabawa //

tan antara wontên kaki-kaki / ajêjenggot pêthak lir salaka / gumêrot buka korine / wau ta kaki sêpuh / dupi uning marang kang prapti / katawis sêmunira / tungtung-tungtung guyu / nanging araras duhkita / nulya ngucap asarèh swaranya ririh / dumêling kapiyarsa//

dahat mawèh karasaning ati / ana bae ingkang nêdya têka / kang tan ana pakantuke / apa karêpe iku / duk samana kang kawlasasih / pamirênge têtela / pangucape iku / nulya anawung patanyan: / amit-amit ing sih wilasanta kaki / dilêgawa sajarwa//

wruhanira ulun wus nêkani / prapta anèng têlêng kasunyatan / ing prênah dunung-dununge / madyaning masjid agung / nanging ngraos awrat kapati / sumêngka minggah arga / linakyan wus dangu / sadaya yêkti kadhadha / ngrumasani dahat rêkasa kapati / minggah rêdi pangajap //

kaki wrêdha anulya mrêpêki / nyandhak asta ririh miwah ngucap / dhuh anggèr mênggah nyatane / pyarsakna kula tutur / yêkti anggèr kêliru tampi / ngêngira ingkang nora / sinêngguh satuhu / yèn ngriki gêdhong kanyatan / kang umèsi sajati-jatining ngèlmi / iku sèwu alôngka //

lan wruhanta araning kang wukir / kang wus kaprah aran ing pangajab / pan iku dudu arane / dene ngèlmu ingkang tus / datan anèng sajroning masjid / nênggih kanyatanira / nèng papan ngasamun / kang wradin tanpa pantara / ing têlênging kono dununging sajati / sayogya ulatana //

adhuh anggèr tindakira yêkti / wus kabanjur arane kasasar / eman têmên lêlakone / sakala tidhêm têdhuh / mukanira kang nêmbe prapti / rêmak ing tyas sakala / kang angga ngalumpruk / koncatan bayu tan daya / têmah rèrèh leyangan têkên nyagaki / sirna raosing driya //

pêgat-pêgat ucapira ririh / dhuh sang wrêdha punapa kalilan / kula ngaso anèng kene / ki sêpuh ngucap asru: / poma-poma anggèr tan kenging / sira yèn kongsi raryan / nadyan mung sapangu / yèn ngatên kajatènana / lah punapa wontên marginipun malih / kang praptèng gon lyanira //

kaki sêpuh gèdhèg ngucap ririh: / datan ana liyane punika / dhuh kaki nuwun wiyose / paran araning gunung / inggih ingkang kula dhatêngi / wruhanira wong mudha / ing sajatinipun / apan datan darbe aran / wong nonoman mêksa ngangsêg tanya titih / dènira mrih jinarwan //

dhuh sang ambêg lêgawa ing budi / lah kang yêkti arane punapa / nênggih masjid agung kiye / ki sêpuh alon muwus: / ing satuhu tan darbe nami / wong anom mênggak uswa / pêgat-pêgat muwus / kalamun makatên yogya / mrih pêpèngêt nênggih aranirèng wukir / karana wukir brastha //

(Badhe kasambêtan)

--- 425 ---

Lêlampahan Ringgit Tiyang ing Bali

Sawênèhing bôngsa ing tanah wetanan punika wontên ingkang sami anggadhahi têtingalan ringgit tiyang kados ta: bôngsa Tionghwa, bôngsa Siyêm, Jawi, Bali, lan sasaminipun. Mênggah lêlampahan-lêlampahan ingkang kaangge ing ringgit tiyang wau, inggih miturut kawontênanipun piyambak-piyambak, kados ta ringgit tiyang bôngsa Tionghwa, punika ingkang kapêndhêt kangge lampahan inggih cacriyosanipun lêluhuripun piyambak, kadosdene lêlampahanipun Prabu Kongyucu sasaminipun, dene lêlêampahan ringgit tiyang Jawi, ing ngriki botên prêlu kacariyosakên malih, amargi para maos tamtunipun sami anguningani sadaya, ewadene ing ngriki kados botên wontên awonipun angêmot gambar ringgit tiyang Jawi, supados para maos sagêda adamêl pêpandhingan mênggahing kawontênanipun ringgit tiyang Jawi kalihan ringgit tiyang ing Bali.

Mênggah lêlampahan-lêlampahan ing ringgit tiyang Bali, punika sajatosipun mêndhêt saking cacriyosan Jawi sadèrèngipun agami Islam. Ing ngandhap punika salah satunggaling lêlampahan ringgit tiyang Bali ingkang asring kapitontonakên.

Nalika Sang Prabu Erlangga jumênêng nata ing Kadhiri, wontên satunggaling pandhita ingkang sampun kaloka putus saking kawruhipun kabatosan. Garwanipun sang pandhita nama Rarèng Dirah, inggih kenging kawastanan linangkung, ananging kalangkunganipun wau botên tumuju dhatêng kasampurnan kadosdene tekadipun ingkang raka sang pandhita. ananging ingkang dipun lampahjakên bab panganiaya utawi pitnah dhatêng liyan, cêkakipun ingkang dipun udi wau sadaya pandamêl ingkang sasar. Sarèhning ingkang raka sang pandhita botên sarujuk kalihan tekadipun ingkang rayi, dangu-dangu sang pandhita lajêng angrumiyini wangsul dhatêng jaman kalanggêngan. Sasedanipun ingkang raka, Rarèng Dilah saya amatêngakên [a...]

--- 426 ---

[...matêngakên] kawruhipun bab patênungan wau, ngantos kalampahan sagêd pinanggih kalihan Bathari Durga, inggih punika ingkang angidini utawi angubyungi dhatêng sêdyanipun Rarèngdirah wau, ing wusana saking katarimahipun ngantos dados guru leyak, mênggah têgêsipun leyak punika, ngèlmu ingkang namung badhe adamêl sangsaraning liyan kemawon. Muridipun Rarèngdirah wau sadaya sami bangsaning wanita.

[Grafik]

Ing nginggil punika ingkang têngên gambaripun Rarèngdirah, kala tiwikrama angimba buta, kesah kadhèrèkakên ing muridipun dhatêng wana Setragôndamayu.

Rarèngdirah gadhah anak èstri satunggal nama Rêtna Mênggali, ingkang kala punika sampun kapacangakên kalihan putranipun ingkang paman Êmpu Baradhah, awasta Êmpu Bawula.

Kacariyos, saya dangu sakathahing wanita ing nagari Kêdhiri racak-racakipun sami ngrasuk dhatêng ngèlmu leyak wau, ing wusana lajêng kathah têtiyang ing ngrika ingkang sami kenging têluh, ngantos sang prabu piyambak inggih lajêng kataman ing têluh. Sang nata lajêng utusan animbali Êmpu Baradhah kadhawuhan nyirnakakên Rarèngdirah. Sanajan sajatosipun Rarèngdirah punika taksih wontên gêgayutanipun sadhèrèk, ananging saking sucining manahipun Êmpu Baradhah, inggih lajêng nyêndikani punapa dhawuhipun sang nata wau. Putranipun pun Êmpu Bawula lajêng kautus dening ingkang rama supados pangkat dhatêng griyaning badhe marasêpuhipun andhustha rajah tuwin jimat-jimatipun. Sadumuginipun ing ngrika, Rarèngdirah sajatosipun sumêrêp, bilih kapenakanipun wau sumêdya anyidrani dhatêng sariranipun, ewadene saking trêsnanipun dhatêng ingkang putra, api-api botên sumêrêp kemawon. Sarêng ing dintên Sênèn Kliwon inggih punika dintên ingkang utami piyambak tumrap anênuwun dhatêng Sang Bathari Durga, sadaya para muridipun Rarèngdirah sami kairit lumêbêt ing wana Setra Gôndamayu saha sami sêsuci wontên ing sagantên kidul. Dene ingkang katilar wontên ing griya namung anakipun èstri

--- 427 ---

kalihan badhe mantunipun. Kala punika Rêtna Mênggali kautus dening Êmpu Bawula mêndhêt toya wontên ing sumbêr, salêbêtipun Rêtna Mênggali kesah, Êmpu Bawula lajêng lumêbêt ing kamaripun Rarèngdirah saha andhustha sadaya rajah tuwin jimat-jimatipun. Sarêng Rêtna Mênggali wangsul anggène mêndhêt toya, pandhusthanipun wau sampun rampung, pun Rêtna Mênggali lajêng kaajak kesah dening Êmpu Bawula saking ngriku, pun rêtna inggih anyagahi.

Kacariyos, sawangsulipun Rarèngdirah saha para muridipun, saklangkung sungkawa anyumêrêpi, dene anak saha badhe mantunipun sami miruda saking ngriku, punapa malih saklangkung kagètipun Rarèngdirah, sarêng anyumêrêpi bilih sadaya rajah tuwin jimat-jimatipun musna botên kantênan, Rarèngdirah saha muridipun sadaya lajêng sami atawan tangis, ing ngriku kasaru dhatêngipun Êmpu Baradhah ingkang kautus ing nata anyidrani dhatêng Rarèngdirah samuridipun sadaya, kalêksanan Rarèngdirah samuridipun sami pêjah dening Êmpu Baradhah.

Makatên mênggah lêlampahan ingkang asring dipun pitontonakên ing ringgit tiyang ing Bali. Wondene pikajênging lêlampahan makatên punika, kintên-kintên dados prasêmon,pasêmon.

supados kula sadaya sampun ngantos anêngênakên dhatêng ngèlmu ingkang sasar.

Cariyos Aslinipun Nênggala lan Alugora

Miturut cêcariyosan ing Madura.

(Candhakipun Kajawèn ôngka 25)

Kacariyos, sarêng kyana patih sampun sowan ing ngarsa nata, dhawuh pangandikanipun sang prabu: Marmane sira ingsun timbali ana ing ngarsaningsun, aja pisan dadi kagèting pikirira, sira ingsun utus anglunasana putriningsun, amarga anggarbini ora karuwan lêlawanane, lan sira ora kêna bali yèn ora anggawa cihna murdane si nini putri, poma patih enggal lêksananana.

Mirêng dhawuh pangandikanipun sang nata ingkang makatên wau, kyana patih saklangkung kagèt, ewasamantên inggih botên badhe suwala sarta inggih badhe nyêndikani. Sang putri lajêng kairit dening kyana patih mêdal saking karaton dhatêng pasisiring sagantên. Sanadyan kyana patih ing batos botên pitados bilih sang putri anggadhahi dosa, ananging saking awrating dhawah pangandikanipun sang nata, amila inggih badhe dipun lêksanani, amargi manawi dhawuhing nata wau botên dipun tindakakên, sampun tamtu ing têmbe jangganipun piyambak ingkang dados gêntosipun. Sarêng lampahipun wau sampun dumugi ing pasisir sagantên, kyana patih enggal anarik pêdhangipun sumêdya amrêjaya dhatêng sang putri, baya karsaning Pangeran ingkang Kuwasa, pêdhang ingkang dipun cêpêngi kyana patih wau ujug-ujug lajêng dhawah tanpa karana. Ingkang makatên wau ngantos rambah kaping tiga, sabên kyana patih badhe namakakên pêdhangipun dhatêng sang putri, dumadakan lajêng dhawah ing siti. Ingkang punika kyana patih

--- 428 ---

lajêng yakin sayêktos, bilih sang putri punika botên anandhang dosa. Kala punika kyana patih lajêng nyêmbah sarwi matur: Dhuh gusti, mugi panjênêngan karsaa paring gênging pangaksama dhatêng badan kula, dene kula kumawani badhe nyidra dhatêng paduka, kula namung drêmi anglampahi, awit manawi kula cidra dhatêng dhawuhipung nata, sampun tamtu tugêling jôngga kula minôngka dados gêntosipun. Ingkang punika panjênênganipun sang putri mugi-mugi samangke kêrsaa andhahar dhatêng atur kula, inggih punika panjênêngan kula dhèrèkakên tindak dhatêng pulo alit ingkang katingal saking ngriki punika, sarta salajêngipun karsaa dêdalêm ing ngrika, dene kula piyambak botên badhe wangsul dhatêng nagari malih, ananging tansah badhe ngawat-awati dhatêng panjênênganipun sang putri. Mênggah panuwun kula, manawi panjênênganipun sang putri sampun dumugi mangsanipun ambabar, kula aturi anjêjak siti kaping tiga, ing mangke kula tamtu lajêng sowan wontên ing ngarsa panjênêngan.

Sasampunipun kyana patih umatur kados ing nginggil wau, lajêng lukar busana sarta lajêng angrasuk busana, clana saha rasukan cêmêng tênunan. Mênggah badhe tênunan punika, têtiyang Madura amastani polèng, amila kyana patih wiwit punika lajêng kanamèkakên: Kyai Polèng, inggih punika botên sanès jalaran panganggenipun badhe polèng wau. Sasampunipun Kyai Polèng lajêng musna botên kantênan mênggah purugipun. Kadospundi nalangsanipun sang putri sadangunipun wontên ing pulo wau, ing ngriki botên prêlu kacariyosakên malih.

Kala ing wêkdal samantên lampahing lêlayaran antawisipun Palembang lan Makasar saklangkung ramenipun. Sadaya baita wau sami anglangkungi ing pulo ngriku. Baita-baita ingkang langkung ing pulo ngriku kalêrês ing wanci dalu, asring sumêrêp teja ingkang manthêr sasada lanang, inggih punika tejanipun jabang bayi ingkang wontên ing kandhutan. (Badhe Kasambêtan)

[Grafik]

Sawêg mangsanipun sarwa anèh, dalah nanas kemawon awoh anggêmbulêng kados kêpêt.

--- 429 ---

[Grafik]

Sawêg mangsanipun sarwa anèh, dalah nanas kemawon awoh anggêmbulêng kados kêpêt.

Jagading Sato Kewan

Nyariyosakên Bab Kêthèk.

Ing paribasan Jawi kêthèk punika saking drêngkining manahipun ngantos dipun paribasaakên, ngrampèk-ngrampèk kêthèk, kajêngipun: kêthèk punika anggènipun ngrampèk-ngrampèk inggih anggènipun badhe nyathèk, dados tiyang kêdah tansah prayitna. Ing dêdongengan Jawi kathah sangêt cariyos-cariyos ingkang nyêbutakên awon saha drêngkining manahipun kêthèk, kados ta ing ngriku kêthèk kagambarakên satunggiling titah ingkang rêmên sangêt adu-adu, saminipun nalika kêthèk angabên maesa kalihan sima. Mênggah cariyosipun cêkakan makatên: ing jaman kina kala sima dèrèng nêdha sato kewan kados samangke, ngêmungakên nêdha lalêr saha walang, wontên satunggiling sima mêmitran kalihan maesa ngantos sawatawis lami, dilalah lajêng wontên kêthèk ingkang nyetani dhatêng sima wau, wicantênipun: can, can, kowe kuwi bodho têmên mêmitran karo kêbo, paedahmu apa, kowe sato galak kang kajèn keringan, kewan sajroning alas padha kêkês wingwrin marang kowe, prasasat kowe ratuning buron alas kabèh, jêbul doyanamu lalêr utawa walang kang luwih rèmèh, yèn bêngi coplak-capluk mangani lêmut, môngsa warêg-warêga kowe, apa ora bêcik mangan sing wis cumêpak, kêbo kuwi panganên, daginge êmpuk anggajih, punuke momol, bisa nglêmokke awakmu tambah kuat.

[Grafik]

Makatên mênggah wicantênipun kêthèk, danguning dangu pun sima inggih lajêng anggêga dhatêng pangojok-ojoking kêthèk wau, wusana lajêng gadhah sêdya môngsa mitranipun maesa punika.

Wontên malih cariyos Jawi, ingkang anelakakên awoning manahipun kêthèk, inggih punika kala wontên kêthèk badhe kasilêm ing bêngawan ing wusana lajêng kasabrangakên dening kura, sasampunipun kêthèk wau botên ko lajêng agêng panarimahipun, ananging malah kêpengin anggadho manahipun kura wau.

Môngga punapa punika botên nama awon manahipun saha drêngki, punapa malih manah sêtya kadosdene [ka...]

--- 430 ---

[...dosdene] sagawon upaminipun, kêthèk babar pisan botên anggadhahi. Salah satunggiling para maos tamtunipun wontên ingkang maibên saha lajêng ngandika makatên: lha, punapa Anoman punika botên kenging kawastanan kêthèk ingkang sêtya saha sae manahipun. O, kawuningana bilih Sang Anoman punika sayêktosipun sanès kêthèk sajati, amila anggadhahi jêjuluk: Anjaniputra, têgêsipun, Anoman punika putranipun Bathara Guru patutan kalihan Dèwi Anjani (miturut cariyos padhalangan) dados gêgujênganipun Anoman wau 1/4 dewa, 1/2 manusa, kêthèkipun namung saprapat kemawon.

[Grafik]

Anglajêngakên bab kêthèk, kewan ingkang budi pakartinipun cêlak sangêt kalihan budi pakartining manusa, punika inggih namung kêthèk, amila wontên satunggiling sarjana linangkung nama Tuwan Darwin anêrangakên, bilih manusa kalihan kêthèk punika nunggil asal. Kados panjênêngan sadaya,

[Grafik]

--- 431 ---

ingkang sampun sami tindakan nyumêrêpi sawênèhing panggenan ingkang dipun dunungi ing kêthèk, ing ngriku manawi kalêrês wontên kêthèk gadhah anak, panjênêngan tamtu lajêng èngêt dhatêng tiyang gadhah anak. Tiyang gadhah anak punika mawi dhukun, mawi dipun cêkoki, dipun pijêt lan sasaminipun, mênggah tumraping kêthèk inggih makatên ugi caranipun. Bokmanawi jalaran saking makatên punika, lajêng wontên satunggiling pujôngga Eropah anganggit cariyos satunggiling lare anaking bôngsa luhur Inggris ingkang miyosipun wontên ing satêngahing wana, inggih punika nalika bôngsa luhur wau kalêrês lêlana. Wusana putranipun kacolong ing kêthèk saha lajêng kapulasara kadosdene caraning kêthèk, amirsanana cariyos Tarsan. Ing ngriku kacariyosakên, bilih ingkang ngupakara wau kêthèk bangkokan, bokmanawi bangsaning gorilah kados ingkang kacêtha ing gambar punika.

[Grafik]

Karsaning Urip

Manusa bisane wêruh lan bisane ambedakake ala lan bêcik, iku manawa isih urip.

Awit kang mangkono iku, yèn sira padha nandhang dosa tumuli bae martobata, jalaran samôngsa sira ora gêlêm tobat nalika uripira, sira iku padha bae karo wong mati.

--- 432 ---

Pantês Sinudarsana

Sêsorahipun Tuwan Pringgasantika dhatêng Para Waris ingkang Sami Atur Wilujêng Kala Badhe Bidhalipun Sujarah Dhatêng ing Tanah Mêkah.

(Sambêtipun Kajawèn ôngka 25)

Anglajêngakên sêsorahipun Tuwan Pringgasantika, juru sabda anyariyosakên, bilih saking babagan tiga kasêbut nginggil, punika sadaya sami ngêmu raos: kêdah ngangge cara lan bahasanipun piyambak, kados ta: cara-caraning sato kewan, manusa, kêkajêngan, padamêlan lan sapanunggilanipun, punika sadaya sami ngangge cara lan bahasanipun piyambak-piyambak, têgêsipun botên ngangge parentahing sanès, ingkang makatên wau sami kemawon kukumipun angêmban dhawuhing Gusti Allah lan badhe tampi ganjaranipun. Sarta malih ing dalêm Kitab Kikam wontên ingkang nyêbutakên: Sing sapa nuduhake swarganing liyan, satêmêne nuduhake narakane dhewe. Saking sakawan bab kados ingkang kasbut nginggil wau, kados-kados sampun kenging kangge ular-ular sangunipun ngagêsang, namung kantun gumantung dhatêng ingkang sami nampi, têgêsipun namung sumarah dhatêng para ingkang sami wontên ing ngriku sadaya. Jalaran wahananipun ingkang ôngka 1 wau lajêng rêmên kêmpal dhatêng sasami, migunakakên akal warni-warni, murih saya angrakêtakên anggèning pawong mitran, mênggah wahananipun ingkang ôngka 2 wau, lajêng sagêd kasinungan watak srêgêp ing damêl ingkang anjalari untunging badan saha kiyating raga. Dene ingkang ôngka 3 mahanani makatên: salêbêtipun tinitah dados tiyang mlarat, têmbung mlarat wau katampia ngantos mangêrtos sayêktos, inggih punika, rèhning têmbung mlarat wau raosipun ambêkta raos sajak sarwi kirang dados lajêng samia tumindak angirit-irit, kados ta: manawi enjing botên nêdha sarapan, wanci dalu botên masang lampu ananging narimah sênthir kemawon, makatên ugi botên nêdha, manawi dèrèng karaos ngêlih, botên ngombe, yèn dèrèng karaos ngêlak, makatên sapiturutipun, ngantos sagêda karaos kadosdene tiyang sugih tur kanthi wilujêng. Dene ôngka 4 anêdahakên kautamanipun têtiyang Jawi ingkang taksih anglêluri kalungidan, kalukitan, lan kagunan sanèsipun ingkang gêgayutan kalihan tata caraning kabangsan Jawi. Sarampungipun anggèning sêsorah lajêng kawaosakên donga: slamêt. Bibaran.

Warasutina ing Gowag.

Kaparênga tumuntên mundhut - namung kantun sakêdhik.

Gambar Dalêm Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral Jhr. Mr. A.C.D. de Graeff

Dalancangipun kandêl, garapanipun adi. Rêginipun salêmbar namung f 0.10, nanging sakêdhik-sakêdhikipun kêdah mundhut 25 lêmbar.

--- 433 ---

Ulahraga.

[Grafik]

Ulahraga main putbal, punika mèh ing pundi-pundi wontên, punika anandhakakên bilih manjing dados kasênênganing ngakathah. Sabên nuju têtandhingan, ingkang aningali kathah sangêt, saya manawi ingkang têtandhingan wau sami golongan misuwur utawi mêmêngsahan nagari sanès, wah, ing ngriku untaping tiyang ngantos anggêgirisi. Dèrèng watawis dangu nagari Walandi mêntas tandhingan kalihan Bèlgi wontên ing Amsêtêrdham. Lah ing ngriku para maos sagêd ngintên piyambak dhatêng ombyakipun têtiyang ingkang sami ningali, papan ingkang wiyar sangêt ngantos bêntêt, sasat alun ngêlêbi dharatan.

[Iklan]

--- 434 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Bab Wisa ing Salêbêting Sata.

Petruk : (Andhandhanggula). apa ana hèke wong urip /Kurang satu suku kata: apa ana hèke wong ngaurip. esuk-esuk anyangking têgêsan / têgêsan klobot wus ngêndhog / cinangking kambi mlaku / pangudute mêngko nèk nangkring / mêthongkrong reyap-reyap / mêndongok mandhuwur / supaya ambune suda / cilakane manawa udute mati / gêla saksayahira //

[Grafik]

Garèng : Wis pancèn wis ora urus têmênan kowe kuwi, Truk, Truk. Anggonmu mangeran marang mas ngantèn klèlèt kuwi kok saya kabanjur-banjur, dalasan anggonmu lagi andhuwalolo karo udut bae kok ditêmbangake, mulane saiki para dewa ora padha tumurun ing ngarcapada kuwi kiraku marga gila saka panggawemu kuwi, kaya-kaya agama bae rak iya nglarangi aja udut yèn lagi pinuju ambêbuwang.

Petruk : Nèk dak sawang-sawang, Kang Gorèng kiyi kaya-kaya durung pati tuwa, ananging anggone juwèh kok ngungkul-ungkuli wong sing wis dipêndhêm kapat sasur taun lawase.

Garèng : La kuwi nèk bangsaning kaum kudhah, nèk wis ngunèni uwong nganggo sawiyah-wiyah.

Petruk : Sing ora jêntung rêmpêlune bae sapa, wong udud bae diunèkake mangeran marang klèlèt. Ing môngka rumasaku udut kuwi kêna diarani kêmbange pajagongan, tandhane nèk nèng dhayohan suguhane nyamikan durung diwêtokake, dhayohe padha linggih amêm bae, kuwi sajake kok sêpi mamring, seje karo nèk dhayohe padha udut slênthar-slênthir, kuwi ngêngrênge sajake kaya pabrik gula lagi pinuju anggiling.

Garèng : Hêm, panêmune Si Petruk ki kok kaya bocah sing dilairake sesuk êmbèn.

Petruk : Ngunèni kathik sagêlêm-gêlêm, tujune prênah tuwa, dadi kudu tak aji-aji, ajaa ngono, kowe rak dak unèkake, wong kurang ajar ora idhêp bênêr. Mara jajal aku saiki awèhana wêruh kang dadi alangane wong udud kuwi apa.

Garèng : Miturut papriksane para ahli, ing dalêm bako garing 100 g kuwi ana racune 2 g. Kang mandi bangêt lan bisa gawe patining wong, amarga mandining wisane mau, ngluwihi mandining warangan utawa wisa liya-liyane. Saking mandine, sanajan mung rong tètès bae, manawa katamakake ing ilate asu utawa kucing bisa mati sanalika kono.

--- 435 ---

Petruk : Lha, godril, lha, godril, mêdi irung jare… pil.

Garèng : Hara apa pantês kuwi, ana dicritani dhêngan sêsungguh-sungguhnya, kok banjur jêjogedan kêkitêran kaya nêmoni rôndha pupuran.

Petruk : Sing ora angguyu utawa gumun bae sapa, ngrungu wêwarahmu kuwi. Suwe-suwe kowe banjur crita, yèn Si Suta, jalaran dijaluki suwêng baryanbarleyan. karo êmbok ênom, banjur ngêndhat sarana nguntal bako. O, hak, hêm, ana wong mati, kok jalaran nguntal bako, apa ora kacidhak têing têmênan.

Garèng : Wiyah, bok aja usah ngêtokake kêpekanmu cara Sundha barang. Mungguh anane wong mati jalaran saka racuning têmbako, kuwi mula ya akèh. Kaya ta ing nagara Tiongkok, wong kang nglalu mati, mung jalaran ngombe banyuning pipa kang kanggo udud bako, mara, mangkono bae wis bisa gawe matine, amarga banyu pipa mau ngêmu wisaning bako.

Petruk : Barêng tak pikir kanthi ngalangut, nganti têkan usuk barang, caritamu mau kok ya rada ana èmpêre dhing, tandhane: rikalane aku sapisane udud bako, rasaning êndhasku mumêt, utêkku rasane kaya dipijêti nganggo gandhèn, dene awak sakojur krasa ora kapenak, kaya mêntas ora turu têlung taun.

Garèng : Lha, kabèh mau mracihnani, yèn sajêroning bako kuwi, ngêmu wisa kang mandi bangêt. Têtela bangêt, bako kuwi bisa andayani ala tumraping badan, dening ana wisane. Sanajan kapriye bae patrape pamangane, ananging mêksa ora bisa gawe tawaring wisane.

Petruk : Gandrik, putune Sakrama. We la cilaka mêncit têmênan, môngka aku kiyi nang udut sajake wis rada ngêthèl. Ora mangan sadina aku gliyak-gliyak ya bêtah, ananging yèn ora udut sajam bae, rasane gajihe awakku kaya dilolosi kabèh, nganti banjur mêtu nang mata, kuping, irung.

Garèng : Wiyah, omong kok ngaruangaruara. mêngkono. Sawênèhing uwong ngira, yèn udut rokok kuwi ora pati ambêbayani tinimbang udut srutu, kuwi sajatine padha bae, amarga wis têrang bangêt, manawa bako kuwi pancèn ngêmu wisa kang nguwatiri, dadi sanajan arêp kapriye bae panganggone, wisane mêksa bisa lumêbu ing badan.

Petruk : Wah, môngka rasane srutu mèrêk sigaguk kuwi, sok bisa nglalèkake nyang maratuwa.

Garèng : Wiyah, mèrêke arane sikego, kok diêlih sigaguk, sigaguk kuwi têgêse rak wong bisu. Kajaba omongku dhuwur mau, ewadene bako kuwi kajaba diudut, sok uga digawe susur utawa diêmut, malah sawênèh ana sing disumpêlake nyang irung. Sabênêre patrap kabèh mau ora ana bedane karo diudut. Apa manèh wong udut sêring disêrot kêbule nganti lumêbu ing kêbuk, baline kawêtokake ing

--- 436 ---

irung, udut kang mangkono kuwi, mung arêp ngakèh-akèhi wisaning bako, kang padha lumêbu ing badan, yèn katimbang reka liya-liyane.

Petruk : Wah omongmu ki pancèn nyilikake atiku têmênan, ananging tak eling-elinge têmênan, manawa aku besuk dilairake nèng donya manèh, tak ora pisan-pisan udut.

Jagading Wanita

Kapindhah.

Sampun sawatawis wulan, kula mirêng kabar, manawi wontên sadhèrèk kapindhah wusana pinaringan momongan wontên ing margi.

Pakabaran punika anukulakên gagasan warni-warni, lan ugi lajêng kula cundhukakên kalihan badan kula piyambak. Saupami kula anglêrêsi kakesahan (tiyang jalêr kapindhah) lajêng pinaringan momongan ing margi, kadospundi raosing manah, sawêg wontên griya kemawon tur katêngga para sadhèrèk ingkang angrencangi lan prudpro manah botên kantênan.

Wontên pamanggih, manawi jabang bayi mèh lair, priyantun kakung lajêng kapindhah, priyantun putri kapurih kantun rumiyin, atêngga lairing bayi. Punika ugi kalampahan, dene jalaranipun margi katêlasan akal, utawi margi kantêpanipun calon rama saha ibu. Ananging ingkang tinilar mêksa mêlang-mêlang, ingkang nilar, sanajana sampun mantêp sangêt, ing batos inggih botên sakeca.

Wontên malih, calon ibu kapasrahakên priyantun sêpuh. Inggih manawi taksih sugêng, utawi cêlak. Manawi sampun botên wontên, utawi têbih dalêmipun ?

Manawi kula manah prakawis punika, lajêng kemutan têtêmbungan: wong duwe anak iku toh pati. Para wanita ingkang dèrèng kagungan putra, sampun ngêdhap manawi mirêng têtêmbungan punika. Kagaliha, tiyang gadhah anak punika sampun limrah. Prakawis rêkaos anglangkungi, mugi kacundhukna kalihan têtêmbungan: luwih abot pagaweane, luwih gêdhe ganjarane. Sarèhning tiyang gadhah anak punika: toh pati, ing môngka kok lajêng tinilar ingkang kakung, tuwuh ing susah, mêlang-mêlang botên amung adamêl rêkaosing bapa biyung, ananging ugi jabang bayi ingkang dèrèng lair.

Bab ingkang kasbat ing nginggil punika manawi kamupakatakên, kados kathah ingkang sarujuk manawi pindhahipun kaundurakên atêngga lairing jabang bayi rumiyin. Pramila manawi sagêd inggih lajêng ihtiyar kagungan panyuwunan sarana pêrklaring dhoktêr. Punika bêbahanipun priyantun kakung. Kônca wingking namung andhèrèk amêmuji, mugi-mugi kakabulna panyuwunanipun.

Kula.

Mevr. Cakrawardaya.

--- 437 ---

KRONIEK

Kabar Warni-warni.

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

Ing salêbêting wulan Sèptèmbêr ngajêng punika, pakêmpalan Java Instituut badhe ngawontênakên konggrès basa Sundha ing Bandhung.

Miturut pawartos Aneta saking Bandhung, benjing tanggal 1 Juli ing ngajêng punika, ing Purwakêrta badhe kabikak satunggiling griya pondhokan tumrap murid jalêr ing pamulangan Mulo ing ngrika. Dene griya pondhokan wau badhe dipun kêpalani dening satunggiling guru saha kabantu dening satunggiling guru pribumi ing pamulangan kasbut nginggil.

Wontên pawartos, bilih ing salêbêting wulan Juli ngajêng punika, pakêmpalan Kridhamataya badhe adamêl têtingalan ringgit tiyang darma wontên ing Ngayogyakarta. Angsal-angsalanipun rêsik, ingkang 40% badhe kadharmakakên dhatêng pakêmpalan pamulasaranipun têtiyang miskin ing Ngayogya, 30% dhatêng pakêmpalan Tiong Hwa Hwe Kwan dene ingkang 30% malih dhatêng pakêmpalan Kridhamataya piyambak.

Pangrèhing pakêmpalan P.S.I. ing Ngayogyakarta, anyêbarakên sêrat dhatêng para warganipun pakêmpalan P.S.I. ing kitha kasbut nginggil, sumêdya angêmpalakên arta kangge damêl karamean minôngka pakurmatanipun Tuwan Aji Salim, sadhatêngipun saking Mêkah ing wulan Sèptèmbêr ing ngajêng punika.

Miturut sêrat kêkancingan gupêrmèn, wontên têtiyang komunis 8 asli saking Tapanuli ingkang badhe kasingkirakên dhatêng Dhigul.

Miturut sêrat kêkancingan gupêrmèn, wontên têtiyang komunis 7 asli saking Rêmbang lan 1 asli saking Sêmarang, badhe kasingkirakên dhatêng Dhigul.

Miturut sêrat kêkancingan pangagênging pakaryan kasarasan, dipun sêdhiyani arta kathahipun f 11.900.- tumrap wragad ananggulangi sêsakit malariyah ing Sukarame lan Cibarengkok, sacêlakipun Cieya (Cianjur). Dene ingkang badhe nindakakên padamêlan wau: pakaryan watêr sêtat propinsi Pasundhan.

Miturut sêrat kêkancingan paduka tuwan dhirèktur B.O.W. dipun sêdhiyani arta kathahipun f 151.000.- tumrap wragadipun anggaringakên papan-papan ingkang dados sarangipun sêsakit malariyah. Kabaripun padamêlan wau enggal badhe dipun wiwiti.

Wontên pawartos, bilih ing kitha Lumajang badhe dipun wontênakên toya plêmpêng (Waterleiding).

Kintên-kintên 10 dintên sapriki, ing dhusun Sêrèsèh, apdhèling Sampang (Madura) wontên salah satunggiling punggawa Landrente katêmpuh dening têtiyang dhusun kasbut nginggil kathahipun tiyang 200, inggih punika kala punggawa wau kalêrês sawêg ngukur siti. Sarêng nampi tilpun, ingkang bupati ing Sampang, wadana ing Torjun, pangagênging Landrente kanthi kadhèrèkakên dening pèl pulisi, pangkat mawi motor dhatêng dhusun kasbut nginggil. Kala punika saking pratikêlipun tuwan asistèn wadana ing Sarèsèh, têtiyang dhusun wau kenging dipun kabarakên, tiyang kêkalih kasowanakên ing asistenan prêlu kapriksa. Kabaripun anggène punggawa Landrente wau katêmpuh dening têtiyang dhusun, jalaran sampun nêndhangi salah satunggiling tiyang dhusun tanpa sabab.

Wontên pawartos, bilih dèrèng dangu punika, ing Surabaya mêntas dipun wontênakên pakêmpalan agami, ingkang kanamèkakên: Buda Jawi. Mênggah ancasing pakêmpalan wau, badhe anggêsangakên agami Buda Wisnu malih. Tanggal 30 Juni punika pakêmpalan wau kabaripun adamêl karamean prêlu angèngêti taun enggal Jawi sajati. (inggih punika kalêrês tanggal 1 Sura taun Jawi 1858)

Wontên pawartos, bilih Tuwan Soeongkoepang, warga polêksrad mêdal saking pakêmpalan P.E.B.

Saking nagari Walandi kawartosakên, bilih Radèn Suwarja Tirtasupana, putranipun tilas bêirdhêr pagantosan gupêrmèn ing Kreyah (Banyumas) saha murid, opsir ing nagari Walandi, kawêdalakên saking pangkat militèr, jalaran kapêndhakan, bilih anggadhahi sêrat-sêrat ingkang anelakakên gêgayutan kalihan pakêmpalan komunis sarta dados warganipun pakêmpalaning para mudha Indhonesiyah. Radèn Suwarja kasbut nginggil, mèh katêtêpakên dados opsir, wontên ing ngrika sambutanipun kathah. Piyambakipun dèrèng dangu punika ugi sampun ngadhêp, odhènsi dhatêng Paduka Tuwan Lambooij, ministêr pêrang, supados katêtêpna ing pangkatipun, ananging panuwunanipun wau botên dipun kabulakêdkabulakên.

Aneta mirêng pawartos, bilih wontên tiyang komunis bôngsa Tiyonghwa kêkalih, ingkang ngakên dados pambantunipun salah satunggiling sêrat kabar Tiyonghwa ing Batawi, kabaripun badhe kawêdalakên saking tanah Indiya ngriki. Prakawis komunis Tiyonghwa 5, sadaya sami propagandhis saking Tiyongkok, ingkang dèrèng dangu punika sampun adamêl [a...]

--- 438 ---

[...damêl] propagandhis ing Batawi saha lajêng kakintunakên wangsul dhatêng nagarinipun, kabaripun sarêng dumugi ing Tiyongkok lajêng pinêjahan, dene bab anggène bôngsa Tiyonghwa ing Batawi sami angêmpalakên arta tumrap kapêrluwanipun Tiyongkok, kados-kados samangke sampun botên dipun prêduli malih.

Saking Ngayogyakarta kawartosakên, bilih ing pakaryan kasultanan salajêngipun sasagêd-sagêd badhe ngangge punggawa pribumi, langkung malih tumrap pangkat opsihtêr.

Dèrèng dangu punika, pulisi ing Batawi nyêpêng satunggiling tiyang bôngsa Tiyonghwa, amargi nyade buku-buku ingkang nyariyosakên lampah-lampahipun pakêmpalan komunis ing nagari Tiyongkok, sadaya dêdaganganipun karampas ing pulisi.

Salêbêtipun taun punika, kursus kadhastêr ing Bandhung badhe nampi murid enggal cacahipun 6, wusana ingkang nêdha dados murid kirang langkung wontên lare 100.

Sêrat kabar A.I.D. mirêng pawartos, bilih pakaryan S.S. ngawontênakên pranatan enggal tumrap para punggawa S.S. ingkang sampun pènsiyun. Kala rumiyin punggawa S.S. ingkang sampun pènsiyun punika namung sagêd angsal prekart 2 iji, kangge kakesahan kulawarganipun numpak sêpur kanthi lêlahanan, samangke têtiyang wau sagêd sami angsal prekarêt 3.

Miturut pawartos saking ijas dhatêng salah satunggiling lid upbêstiring pakêmpalan Muhamadiyah dèrèng dangu punika sayêktos dipun wontênakên konggrès pakêmpalan, Muktamar Alam Islami, mênggah miturut putusaning konggrès wau, pakêmpalan Muktamar Alam Islami badhe kabibarakên, inggih punika jalaran Sang Prabu Ibnu Saod botên sarujuk kalihan kawontênanipun pakêmpalan Muktamar wau. Ing sakawit jalaran wontênipun konggrès Islam sabên taun-taunipun, punika karsanipun Sang Prabu Ibnu Saod, supados kaum Islam saindênging bawana sagêda rukun lan guyub. Ananging têtela ing salêbêting konggrès tansah tuwuh pêpabênan ingkang sumêngit, jalaran kathah têtiyang ingkang wontên ing ngriku sami angrêmbag bab-bab ingkang gêgayutan kalihan politik.

Tumrap anyaèkakên kawontênanipun rajakaya ing Kêdhu ingkang sisih kidul, ingkaingkang. bupati ing Karanganyar saha paduka tuwan asistèn residhèn ing Purwarêja, kala tanggal 3 Juni ingkang kapêngkêr punika, tindak dhatêng Sumbawah. Wontên ing ngrika priyagung kêkalih wau mundhut kapal èstri cacahipun 115, kapal jalêr 52.

Miturut pawartos, Aneta ingkang bupati ing Bandhung angsal pêrlop laminipun sataun, prêlu kangge tindakan dhatêng nagari Walandi, wontên ing ngrika ingkang bupati wau badhe anyinau kawontênanipun panggêsangan, têtanèn, pamulasaranipun rajakaya, misaya ulam toya lan saminipun, tumrap kapêrluwan kasbut dening ministêr jajahan ingkang bupati badhe kaparingan tiyang ingkang kawawibakênkawajibakên. anêdah-nêdahakên.

Saking Surabaya kawartosakên, bilih botên dangu malih pangadilan landrad ing ngrika badhe mriksa prakawisipun satunggiling bôngsa Tiyonghwa, ingkang kadakwa andagang tiyang èstri saha prawan. Kintên-kintên tiyang punika namung dados pirantos kemawon, tiyang sanès ingkang mragadi.

Wontên kabar bilih para militèr batalyun 21 ing Ngayogyakarta, ingkang sami miruda wontên suradhadhu pribumi cacahipun 35, ingkang 17 sampun sami lapur dhatêng Magêlang, samangke sawêg dipun urus mênggah sabab-sababipun.

Benjing tanggal 3 Juli ngajêng punika, baita kapal Kambangan badhe dhatêng ing tanah Jawi ambêkta têtiyang wangsul saking minggah haji kirang langkung tiyang 1500. Pambêktanipun para haji wau dipun pranata sae, supados sasagêd-sagêd benjing tanggal 15 Agustus ing ngajêng punika sagêda sampun rampung babarpisan.

Sêrat kabar A.I.D. mirêng pawartos bilih Sampeyan Dalêm Sinuhun ing Surakarta saha pramèswari Dalêm Gusti Kangjêng Ratu Êmas, benjing tanggal 2 Juli ngajêng punika, badhe mrata mudha dhatêng paduka tuwan residhèn ing Banyumas. Sampeyan dalêm saha pramèswari dalêm wau badhe anyare wontên ing Purwakêrta. Wontên ing ngrika tamu agung wau badhe kaaturan amriksani lusmèn parêdèn enggal ing Baturadèn.

Aneta mirêng pawartos saking Pakalongan, bilih Paduka Tuwan Residhèn Th. A. Meister benjing tanggal kaping 5 Nopèmbêr ing ngajêng punika, badhe nyuwun kèndêl saking kalênggahanipun.

Sêrat kabar A.I.D. martosakên, bilih têtiyang bôngsa Tiyonghwa ingkang sami nyambutdamêl wontên ing pulo sacêlakipun Riyo sami adamêl gegeran, inggih punika sasampunipun têtiyang wau adamêl sênjata piyambak. Kala tuwan kontrolir kadhèrèkakên dening agèn pulisi sakawan, dipun ancam dening para rêrêsah wau. Sarêng pulisi angungêlakên sanjatanipun bêdhil, lajêng sami mundur.

Totênbotên. watawis dangu malih para militèr sami dhatêng, wontên bôngsa Tiyonghwa 90 sami kacêpêng, ingkang 8 inggih punika sami pangajêngipun katahan saha badhe kakintunakên dhatêng Batawi.

--- 439 ---

FEUILLETON

Lêlampahanipun Prabu Tristan lan putri Isolde.

7

Para baron sami mangrêtos saha ngintên manawi pangandikanipun Prabu Marc botên saèstu. Sadaya sami cuwa manahipun sarta sami aningali dhatêng Prabu Tristan, ingkang kakintên gadhah rekadaya wau. Nanging Prabu Tristan tansah amandêng dhatêng rambut wau, saha kèngêtan dhatêng putri Isolde de Blonde ing Irlan ingkang sampun amaluyakakên sariranipun, pramila lajêng gumujêng sarta matur ing sang prabu: Dhuh, rama prabu, kaparênging karsa paduka ingkang makatên punika kalintu sangêt, punapa paduka botên uninga bilih para baron sami angintên, kawula ingkang gadhah rekadaya punika. Nanging rêkadaya paduka punika botên maedahi jalaran kawula badhe kesah ngupadosi putri ingkang rikmanipun kados êmas punika. Mugi kauningana, padamêlan ingkang badhe kawula lampahi punika langkung rêkaos tinimbang anggèn kawula sampun sagêd amêjahi Morhout, makatên ugi sagêd kawula wangsul saking nagarinipun sang putri ingkang arikma kados êmas punika ugi botên gampil kados nalika kawula wangsul saking ing pulo Sint Samson mêntas apôncakara lan Morhout wau. Ananging kawula sumêdya ambelani paduka sapisan malih, supados para baron kalerehan paduka sami mangrêtos bilih kasêtyan kawula dhatêng paduka punika tanpa pangajêng-ajêng punapa-punapa. Kawula aprasêtya ngantos sadumugining pêjah botên badhe wangsul dhatêng nagari Cornwallis ngriki manawi botên sagêd ambêkta putri ingkang arikma pindha sutra punika.

Prabu Tristan lajêng sadhiya baita kaêmotan barang-barang dêdagangan ingkang èdi pèni saha gandum, anggur tuwin madu. Kajawi Sang Gorneval wontên malih satriya neneman satus ingkang andhèrèk, sadaya satriya pilihan ingkang bèr ing kawanèn, sadaya sami mangangge kados sudagar, makatên ugi Prabu Tristan inggih ngagêm-agêm cara sudagar. Nanging ing salêbêting baita ugi kacawisan pangangge satriya kados panganggenipun para satriya utusaning ratu agêng. Sarêng baitanipun sampun dumugi ing satêngahing sagantên, juru mudhi lajêng matur dhatêng Prabu Tristan, aturipun: Gusti, dhatêng ing pundi karsa paduka alêlayaran punika. Prabu Tristan ngandika: mênyang ing Irlan, jujugna ing palabuhan Weisefort. Sarêng juru mudhi mirêng dhawuhipun Prabu Tristan makatên wau, badanipun gumêtêr margi ajrih sangêt, jalaran wiwit pêjahipun Morhout baita-baita ingkang saking ing Cornwallis tansah kakuya-kuya dening sang prabu ing Irlan, manawi kacêpêng têtiyangipun sami dipun gantung. Ewadene juru mudhi wau miturut ing sakarsanipun Prabu Tristan ing wusana baitanipun dumugi ing palabuhan ingkang kasêbut ing nginggil. Prabu Tristan tumuntên cariyos dhatêng têtiyang ing Weisefort bilih panjênênganipun saha para satriya wau sudagar-sudagar bôngsa Inggris ingkang sami badhe dêdagangan dhatêng ing nagari mriku. Sanadyan têtiyang wau inggih lajêng sami pitados, ewasamantên Prabu Tristan tansah sumêlang bilih kawiyak wadinipun, jalaran para satriya wau manawi pinuju botên angladosi dhatêng têtiyang ingkang sami tumbas barang-barang dêdaganganipun, sami dham-dhaman utawi main catur, tur katingalipun sami langkung prigêl anyêpêng kartu tinimbang anyêpêng katèn ingkang kangge nimbang gandumipun. Pramila panjênênganipun tansah ambudidaya kadospundi sagêdipun angicalakên was-sumêlanging panggalih.

Anuju ing satunggiling dintên wanci enjing, Prabu Tristan mirêng swara ingkang angebat-ebati, kadosdene swaranipun setan. Prabu Tristan dèrèng nate uninga kewan ingkang makatên swaranipun, lajêng andangu dhatêng tiyang èstri ingkang pinuju lumampah anglangkungi palabuhan, pangandikanipun: Bok ayu, swara ingkang angebat-ebati punika swara punapa. Tiyang èstri amangsuli: Dhuh, sang mudha, mênggah ingkang anggêgirisi punika wau swaranipun satunggiling kewan ingkang wujudipun angajrih-ajrihi sangêt. Êndhasipun kados êndhasing bruwang, mripatipun abrit kados mawa, asingat kalih landhêp sangêt, kupingipun panjang mawa wulu, sukunipun sakawan, sadaya mawi cakar santosa saha landhêp kados sukunipun singa barong. Badanipun mawi sisik kandêl sarta atos sangêt. Sabên enjing mêdal saking ing guwa papan padununganipun, lajêng angadêg wontên ing sangajênging salah satunggiling gapuraning kitha. Ing sarèhning sami ajrih dhatêng kewan galak wau, têtiyang ing salêbêting kitha botên wontên ingkang sami wani mêdal, makatên ugi têtiyang ing sajawining kitha inggih botên wani lumêbêt ing kitha. Kewan wau botên purun kesah saking sangajênging gapura manawi dèrèng dipun sukani mêmangsan putri satunggil. Manawi kasukanan putri putraning bôngsa luhur, putri wau tumuntên dipun cangkêrêm lajêng dipun untal. Panguntalipun enggal sangêt. Makatên damêlipun kewan wau ing sadintên-dintênipun. Prabu Tristan ngandika malih: Bok ayu, cobi sampeyan cariyos ing salêrêsipun, punapa kintên-kintên wontên tiyang jalêr, ingkang dipun lairakên dening tiyang èstri, ingkang sagêd amêjahi kewan punika. Tiyang èstri amangsuli: Dhuh sang binagus, prakawis punika kula botên sagêd matur, nanging kula sumêrêp bilih sampun wontên satriya kalih dasa ingkang nyobi badhe mêjahi kewan wau, jalaran sang prabu ing Irlan ngadêgakên sayêmbara, sintên-sintêna ingkang sagêd [sa...]

--- 440 ---

[...gêd] mêjahi kewan galak ingkang tansah angganggu katêntrêmaning tiyang sanagari punika, badhe katariman putri putranipun sang prabu piyambak ingkang apêparab Isolde de Blonde. Nanging para satriya wau sami tiwas, kauntal dening kewan ingkang anggêgirisi punika.

Prabu Tristan lajêng wangsul dhatêng ing baitanipun sarta tumuntên angagêm-agêm sakapraboning pêrang, anitih titihan saha nilar baitanipun dhêdhêmitan, tindak angênêr dhatêng gapura ingkang katêdahakên dening tiyang èstri wau. Kala samantên sawêg ngajêngakên pajar enjing, pramila botên wontên tiyang ingkang sumêrêp ing tindakipun Prabu Tristan saking ing baitanipun. Wontên ing margi kapanggih kalihan satriya gangsal ingkang sami nyandêrakên kapal tumpakanipun angênêr kitha. Satriya-satriya wau ingkang satunggil katarik rambutipun dening Prabu Tristan ngantos anggêblag ing gêgêring kapal tumpakanipun, kapalipun inggih lajêng kakèndêlakên. Prabu Tristan ngandika: Mugi-mugi Gusti Allah aparing wilujêng dhatêng sampeyan satriya. Lampahipun kewan ingkang angajrih-ajrihi punika mêdal ing pundi. Sarêng satriya wau sampun anêdahakên margining kewan wau, tumuntên kauculakên dening Prabu Tristan. Kala samantên kewan wau sampun anyêlaki panggenanipun Prabu Tristan. Prabu Tristan lajêng anyandêrakên titihanipun sarta anumbak ing kewan galak wau, nanging dhumawah ing sisik, botên tumama. Saking rosaning panumbakipun, watangipun putus saha ajur. Prabu Tristan tumuntên anarik pêdhangipun, lajêng katamakakên ing êndhasipun, nanging ugi mêksa botên tumama. Kewan galak wau angraos sakit, nuntên nubruk Prabu Tristan saha nabok tamèngipun. Cêpênganing tamèng ngantos putung, tamèngipun lajêng dhawah ing siti. Tanpa angagêm tamèng Prabu Tristan anamakakên malih pêdhangipun, dhumawah ing punukipun, nanging inggih botên tumama. Kewan galak wau lajêng mangap, saha anyêmprotakên latu ingkang mawa wisa saking ing bolonganing irungipun kalih pisan. Kapal titihanipun Prabu Tristan kasêmprot pêjah sanalika. Têtopèng waja tuwin rasukan kêre waja agêm-agêmanipun Prabu Tristan kasêmprotan ngantos katingal gosong. Prabu Tristan tumuntên mlumpat saking titihanipun ingkang ambruk saha pêjah punika, sarta anyudukakên pêdhangipun dhatêng ing salêbêting cangkêmipun kewan galak ingkang pinuju mangap punika. Saking rosaning panyudukipun ngantos dumugi ing jantung. Kewan wau anjêrit sora sangêt margi nandhang sakit, lajêng pêjah. Ilatipun nuntên kairis dening Prabu Tristan sarta lajêng kalêbêtakên ing sêpatunipun tosan. Ing sarèhne ngêlak sangêt tur kaplêpêkên ing kukus ingkang mêdal saking ing irunging kewan wau mila Prabu Tristan tumuntên anilar panggenan ngriku murugi panggenan ingkang wontên toyanipun mambêk saha katingal bêning sangêt sumêdya ngunjuk. Dèrèng dumugi ing panggenaning toya panjênênganipun dhawah kantaka, botên èngêt purwaduksina, margi ilatipun kewan galak ingkang wontên ing salêbêting sêpatunipun wau taksih mêdal wisanipun mandi sangêt, pramila sariranipun Prabu Tristan kados kabêsmi. Prabu Tristan dhawah ing sapinggiring rawa ingkang katuwuhan rumput inggil-inggil.

Kocapa, satriya ingkang kaandhêg ing Prabu Tristan wau sayêktosipun mantri pangarsa ing karatoning sang prabu ing Irlan apêparab Aguynguerran de Rode. Piyambakipun kêpengin sangêt anggarwa putri Isolde de Blonde wau, pramila sabên enjing amangangge kapraboning prang, sumêdya amêjahi kewan galak wau, nanging manawi mirêng panggêrongipun lajêng anilar panggenan papan pandhêlikanipun, ingkang dumunung ing sapinggiring marginipun kewan galak punika, kapal tumpakanipun kasandêrakên wangsul dhatêng kitha, jalaran saking ajrihipun. Nanging saking sangêting anggènipun kedanan dhatêng sang putri, sabên enjing makatên kemawon damêlipun. Mênggah pikajênganipun badhe amrajaya kewan galak saking papan pandhêlikanipun, nanging tansah botên kadugi angêtogakên kawanènipun. Ing dintên punika Sang Aguynguerren wangsul malih, kairingakên ing mitranipun satriya sakawan. Sarêng dumugi ing tilas panggenanipun aprang tandhing kewan galak saha satriya saking ngamônca nagari wau, amrangguli bangkenipun kewan galak, kapaling satriya mêngsahipun apôncakara tuwin tamèng ingkang rêmuk gumalethak ing siti. Sang Aguynguerren ngintên bilih satriya ingkang mêjahi kewan galak wau ugi pêjah, pramila êndhasing kewan lajêng katugêl saking ing gêmbungipun, kaaturakên ing sang prabu Irlan, saha matur bilih piyambakipun ingkang amêjahi kewan galak punika sarta lajêng nyuwun supados kadhaupakên kalihan sang putri, kados ingkang sampun kasayêmbarakakên ing sang prabu. Ing salêbêting panggalih sang prabu botên pitados dhatêng ing kawanenanipun mantri pangarsa wau, nanging sang nata ugi inggih badhe anêtêpi jangjinipun. Mila sang prabu lajêng paring dhawuh dhatêng para baron kalerehanipun, tigang dintên malih sami kadhawuhan sowan ing ngarsanipun sang prabu. Wontên ing sangajêngipun baron-baron sadaya, mantri pangarsa wau badhe kadhawuhan ngatingalakên tôndha yêktinipun, bilih piyambakipun ingkang mêjahi kewan galak punika.

Kacariyos sarêng putri Isolde mirêng bilih panjênênganipun badhe katarimakakên dhatêng mantri pangarsa tansah gumujêng kemawon, wusana sêsambat manuara. Nging sarèhning panjênênganipun ngintên bilih lêlampahanipun Sang Aguynguerren wau awêwaton rekadaya ingkang sisip, pramila enjingipun lajêng tindak angênêr ing guwa papan padununganing kewan ingkang sampun pêjah punika. Kadhèrèkakên ing abdi kêkalih jalêr èstri, ingkang jalêr anama Pirinis ingkang èstri awasta Brangien. Wontên ing margi sang putri amriksani tilasing tracak kapal ingkang wangunipun botên sami kalihan wanguning tracaking kapal ing Irlan, mila lajêng ngintên bilih lapising tracakipun kapal ingkang kauningan punika dede damêlan ing Irlan. Botên antawis dangu malih sang putri lajêng amriksani bangkenipun kewan galak ingkang tanpa êndhas saha bathang kapal.

(Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]