Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1927-09, #1641

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1927, #1641
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1927-02, #1641. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #366.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1927-05, #1641 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #367.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1927-06, #1641. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #368.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1927-08, #1641. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #369.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1927-09, #1641. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #370.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1927-10, #1641. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #371.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1927-12, #1641. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #372.

Ôngka 35, 4 Mulud Taun Jimakir 1858, 1 Sèptèmbêr 1927, Taun II.

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [601] ---

Ôngka 35, 4 Mulud Taun Jimakir 1858, 1 AgustusSèptèmbêr. 1927, Taun II.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Kêmis.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Gêdhong Gêmintê Rad ing Surabaya.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar gêdhong gêmintê rad ing Surabaya. Ing ngriki para maos sagêd anêksèni piyambak agêng saha asrining griya gêmintê punika.

--- 602 ---

Wawasan Tumrap Sêrat-sêrat Anggitan Dalêm Swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV.

Minôngka Pêpèngêt. (Miturut karanganipun Dr. Th. Pigeaud).

Candhakipun Kajawèn ôngka 34.

[Sêrat pitutur punika wontên pintên-pintên bab, kaperang-perang manut golong-golonganing tiyang ingkang katuju (santana, punggawa, para upsir lan sanès-sanèsipun), isinipun pitutur wau ingkang kathah-kathah awarni pamrayogi dhatêng kautamèn, ingkang gêgayutan kalihan gêsanging tiyang ing sadintên-dintên, sarta kathah ingkang katêrangakên ngangge upami utawi têtuladan mirit dhatêng kawontênaning kodrat. Satunggal-tunggaling anggitan isi piwulang têmbunging guru (ing ngriki: kangjêng gusti piyambak) dhatêng para muridipun, ananging warni pitutur lugu, botên wontên ingkang anjalèntrèhakên pamanggih.

Anggit-anggitan ingkang langkung sêpuh tinimbang karanganipun Kangjêng Gusti Mangkunagara IV inggih sampun wontên ingkang dhapur pitutur. Kados ta Sêrat Wulangrèh. Mênggah suraos ingkang dados isinipun sêrat pitutur karanganipun Kangjêng Gusti Mangkunagara wau kenging kawastanan sami kemawon kalihan Sêrat Wulangrèh, jalaran sami dene ngugêm-ugêmi dhêdhasaring kautaman miturut pamanggih Islam Jawi. Namung kemawon manawi dipun titik-titik, karanganipun Kangjêng Gusti Mangkunagara IV kados-kados radi ngantêpakên têtanggêlaning para agêng anggènipun ngrêksa karaharjaning tiyang alit. Sêrat pitutur anggitanipun Kangjêng Gusti Mangkunagara wau namung sami tumrap pasrawunganing gêsang sêsarêngan. Sêrat isi kawruh batos ingkang kacariyosakên anggitan Mangkunagaran IV inggih wontên, ananging sêmunipun kalintu.

Sêrat-sêrat pitutur wau basanipun kalêbêt prasaja, botên niyat kangge ngebarakên kasagêdan ing bab panganggening têmbung, mila têmbung-têmbungipun Kawi inggih botên kathah, beda sangêt kalihan ingkang sêrat-sêrat rêrumpakan.

Sêrat-sêrat karanganipun Kangjêng Gusti Mangkunagara IV ingkang sanès golongan, nanging kathah èmpêripun kalihan sêrat pitutur wau, inggih punika ingkang awarni sêrat kintunan mawi sinawung ing sêkar, ingkang kathah tumuju dhatêng para putra utawi santana. Sêrat-sêrat kintunan punika limrahipun ugi sami isi pitutur, botênipun inggih isi wawasaning panggalih, ananging mêsthi wontên salah satunggiling bab ingkang dados lantaran, mila lajêng wontên èmpêripun sawatawis kalihan anggitan ingkang pandamêlipun namung manawi kêlêrêsan kalamangsanipun. Basanipun sêrat-sêrat kintunan wau kathah èmpêripun kalihan ingkang kaangge wontên ing pitutur, ananging wontên ugi sêrat kintunan ingkang rinakit wangsalan, dados mirib kalihan anggitan ingkang ngebarakên pambusananing basa. Sêrat kintunan sinawung ing sêkar wau kenging kawastanan ada-adanipun Kangjêng

--- 603 ---

Gusti Mangkunagara IV piyambak. Inggih lêrês ing sadèrèngipun wontên ada-ada wau ugi sampun wontên sêrat kintunan mawi sêkar, ananging namung manawi pancèn dados saperanganing sêrat-sêrat cariyos ingkang kasêkarakên.

Anggit-anggitanipun Kangjêng Gusti Mangkunagara IV ingkang sagolongan malih babagan busananing basa, inggih punika sadayaning anggitan, ingkang pangrakitipun mawi rinêngga-rêngga. Anggitan punika wontên ingkang babar pisan awujud wangsalan, sarta kêtitik bilih pandamêlipun kanthi pangatos-atos murih runtuting sadayanipun.

Kajawi anggit-anggitan ingkang awarni sêkar Macapat, anggitanipun Kangjêng Gusti Mangkunagara IV ugi wontên ingkang sinawung ing sêkar Têngahan sarta sêkar Agêng, ingkang salêrêsipun sampun botên kêlimrah. Malah kangjêng gusti ugi yasa têmbang enggal, sawênèh mirib têmbang ingkang sampun wontên, sawênèh malih awujud têmbang sungsun, kaestha kados pitakèn lan wangsulan.

Anggit-anggitan ingkang makatên punika mathukipun manawi kalagokakên, malah kathah ingkang bakunipun pancèn kangge gerongan. Gêndhing ingkang dados jodhonipun gerongan anggitan Mangkunagaran wau wontên ingkang gêndhing lami wontên ingkang pancèn yasan enggal, ugi anggitanipun Kangjêng Gusti Mangkunagara IV piyambak, botênipun inggih mêksa kanthi pitêdahipun kangjêng gusti.

Suraosing gerongan wau mawi sêdyaning panggalih nalika panganggitipun, ingkang kathah-kathah awujud wêdharing raosipun manah gandrung dhatêng wanita, ananging wontên ugi ingkang namung ngrumpaka wit-witan, têtuwuhan, sêsêkaran lan sanès-sanèsipun, mawi kasêmpètakên dhatêng raos utawi kayungyuning manah.

Ing anggit-anggitan punika kêtingal sangêt kathahing sêsêrêpan sarta sêngsêmipun swargi Kangjêng Gusti Mangkunagara IV dhatêng kodrating alam.

Sadangunipun Kangjêng Gusti kaping IV nganggit-anggit, wiwit kawitan mila sampun nganggit-anggit rêrumpakan makatên wau, ananging ingkang kathah-kathah sami anggitan ing sabakdanipun taun Jawi 1800 utawi taun Walandi 1871. Anggitan ingkang kangge gerongan wau radi wontên èmpêripun kalihan ingkang dados rêrumpakaning lampah, beda sangêt kalihan ingkang isi pitutur.

Gêgerongan wau kenging kawastanan anggitanipun Kangjêng LustiGusti. Mangkunagara IV ingkang pêthingan sarta murni sayêktos. Ing ngriku kêtingal luhuring panggalih, alus lan lêmbating raosipun kangjêng gusti punapadene sugihipun anggit, sampun mathuk sangêt tumraping kagunan kraton ing Surakarta, ingkang kala samantên radi mumbul malih ing sawatawis. Gêgerongan sarta gêndhing anggitanipun Kangjêng Gusti Mangkunagara IV wau kenging kawastanan wêdharing raosipun nagari Surakarta ing bab kagunan ingkang sakêlangkung alus, ngantos sagêd anjalari kèrêm lan koruping manah. Kajawi punika anggit-anggitanipun Kangjêng Gusti Mangkunagara IV wau têrah-tumêrah lajêng dados ancêr-ancêr tumraping pangudi dhatêng têmbang sarta gêndhing. Kadosdene pangudinipun Kangjêng Gusti Mangkunagara V punika inggih napak tilas anggitanipun Kangjêng Gusti kaping IV.

Ing nginggil dèrèng kacariyosakên, bilih

--- 604 ---

wontên karang-karangan sawatawis ingkang kaakênakên anggitanipun Kangjêng Gusti Mangkunagara IV, nanging kintên-kintên sanès tapak astanipun kangjêng gusti ingkang salugu, jalaran bokmanawi kemawon kangjêng gusti namung urun-urun sawatawis. Karangan ingkang makatên punika ugi botên wontên pêthinganipun ingkang pancèn kenging kangge titikan kalangkunganing kasagêdanipun kangjêng gusti ing bab nganggit-anggit.

Mênggah ingkang dados kalangkunganipun Kangjêng Gusti Mangkunagara IV wau botên ing sawarnining bab nganggit-anggit, kados ta: ing bab nganggit cariyos sarta ngarang babad sinawung ing sêkar, botên wontên titiking kalangkunganipun. Ing bab nganggit sêrat pitutur inggih botên nama linangkung. Sêrat-sêrat pitutur ingkang dêlês anggitanipun Kangjêng Gusti Mangkunagara IV piyambak, punika inggih lêrês dipun aji-aji ing akathah, ananging pangaji-ajinipun punika bakunipun jalaran ngèngêti yèn yasaning priyagung luhur.

Sêrat-sêrat anggitan dalêm swargi Kangjêng Gusti Mangkunagara IV ingkang pantês dipun aji-aji sangêt inggih punika ingkang nelakakên pinunjuling dhêdhasar dhatêng gêndhing sarta lêlagon, lêmbating raos dhatêng swara sarta wirama punapadene kawêgiganing nganggit-anggit mawi rinêngga ing busananing basa. Kalangkunganing anggitanipun Kangjêng Gusti Mangkunagara IV punika bakunipun ing prakawis mardawalagu sarta busananing basa. Tumrap ing jaman enggal Kangjêng Gusti Mangkunagara IV wau pancèn kenging kawastanan ahli rumpakan kratonan ingkang pinunjul piyambak, anggit-anggitanipun nama dados têtunggul tumraping babadipun kasusastan Jawi, têtêp ngantos dumugi ing titimôngsa punika taksih dados tuladan.

Badhe kadadosanipun ing têmbe dèrèng kenging kakintên-kintên, anggitanipun Kangjêng Gusti Mangkunagara IV wau punapa lêstantun dados paugêran, punapa ingkang badhe saya ngrêbda punika trajang enggal, ingkang wiwit nêbihi raos pangraosing trah ngaluhur ingkang kalusên.

Pambikakipun Pamulangan Dhoktêr Luhur.

Candhakipun Kajawèn ôngka 34.

Sêsorahipun Tuwan Prof. Boeke.

Ing sadèrèngipun anglairakên pigunaning pamulangan dhoktêr inggil, pamêdhar sabda ngaturakên gênging panuwun dhatêng para tuwan-tuwan ingkang sami mirêkaos nindakakên ing damêl, ingkang ngantos kasêmbadan sagêd [sa...]

--- 605 ---

[...gêd] ngêdêgakên pamulangan luhur punika. Panuwun wau katur dhumatêng Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Guprênur Jendral D. Fock tuwin kangjêng tuwan ingkang wicaksana ingkang jumênêng sapunika, makatên malih dhatêng ingkang sami gêgayutan bab wau.

[Grafik]

Nginggil punika gambaripun Paduka Tuwan Prof. Dr. J. Boeke.

Pigunaning pamulangan luhur.

Adêging pamulangan luhur punika saèstu adamêl gambiraning manah, dening botên prêlu ngawontênakên dhêdhasar kathah, awit sampun wontên, inggih punika Stovia ingkang sampun tumindak 76 taun.

Wontênipun Stovia kalihan Nias punika migunani agêng sangêt tumrap kawilujênganing rakyat.

Bab rumêksaning kasarasan, kados ingkang sampun dipun tindakakên dening Stovia tuwin Nias, punika wontênipun ing pamulangan luhur wau inggih katindakakên, malah kapara dipun ajêngakên.

Pamulangan luhur punika kangge ing ngakathah, kalihan Stovia wontên bedanipun, tuwin Stovia kapetang namung pangajaran têngahan. Dene tumrapipun pamulangan luhur punika, sanadyan tiyang ingkang calon dhoktêr nagari Walandi, ugi sagêd katampèn ing ngriku, awit pangajaranipun sami kemawon.

Pamulangan dhoktêr luhur punika dados têlênging kawruh, mila sêsanggenipun awrat. Kawontênaning samukawis damêl ing bab sêsakit, bab panulaking sêsakit, bab ngèlmu badaning manungsa, serum tuwin baktèri, punika sampun dipun anggêp langkung dening para bijaksana ing nagari Walandi. Makatên ugi mênggahing panganggêpipun Sir Andrew Balfour bijaksana bôngsa Inggris, ingkang misuwur ing asma, ugi mastani langkung dhatêng bab kadhoktêran ing India ngriki. Nanging èwêd-pakèwêd tuwin rêkaos wau, badhe sagêd ènthèng manawi dipun êcakakên kanthi nyambutdamêl sêsarêngan.

Kuwajibaning dhoktêr.

Tuwan Prof. J. Boeke lajêng ngandharakên bab tindaking guru agêng kalihan sêtudhèn, wosipun mênggah ing dhoktêr, kêdah kadunungan trêsna ing sasami.

Wêdalipun Kajawèn benjing ing dintên Kêmis ngajêng, badhe ngêwrat sêsorah dalêm kangjêng tuwan ingkang wicaksana guprênur jendral.

--- 606 ---

Para Guru Agêng ing Pamulangan Dhoktêr Luhur.

[Grafik]

Prof. Dr. C. Bakker.

[Grafik]

Prof. Dr. W.A. Mijsberg.

[Grafik]

Prof. Dr. W.M. Docters van Leeuwen.

[Grafik]

Prof. Dr. N.J.A.F. Boerma.

[Grafik]

Prof. Dr. H.C. Delsman.

[Grafik]

Prof. Dr. C. Bonne.

[Grafik]

Prof. Dr. Otten.

[Grafik]

Prof. Dr. J. Boerema.

--- 607 ---

Bandera Kabangsan Jêpang.

Para maos tamtunipun sampun sami anguningani piyambak, sabên-sabên wontên karamean agêng, ingkang gêgayutan kalihan ing tanah Jêpang, para têtiyang Jêpang ingkang sami bikak toko wontên ing jajahan nagari ngriki, sami tumut angurmati ambèbèr banderanipun, inggih punika ingkang adhasar pêthak ing têngah mawi bundêran abrit. Bundêran abrit ing têngah-têngahing bandera wau, dados pasêmon palêthèking surya. Wontênipun karajan Jêpang ngangge bandera ciri palêthèking surya, punika miturut sêrat kalawarti ''The Young East'' kintên-kintên makatên:

[Grafik]

Nginggil punika gambaring bandera kabangsan Jêpang.

Nagari Jêpang punika sami-sami nagari, sabên taun-taunipun kathah têrangipun katimbang jawahipun, amila inggih mèmpêr manawi dipun wastanana: nagari panggenan surya. Miturut cariyosipun Sang Putri Amatêrasu, inggih ingkang kasuwur kawastanan dèwining srêngenge, punika kaanggêp ingkang nurunakên warga karajan Jêpang pancêr saking èstri. Ing babad nyariyosakên, miturut piandêling bôngsa Jêpang, kala sang putri umpêtan wontên ing korining langit, ing donya lajêng pêtêng andhêdhêt. Raja Jêpang punika ugi dipun anggêp têdhaking srêngenge, lan wisesanipun dipun samèkakên kados soroting srêngenge amadhangi jagad botên mawi pilih papan. Kala jaman kinanipun têtiyang bôngsa Cina, manawi mastani Jêpang: Sipon, mênggah têgêsipun: aslining srêngenge, dene nagarinipun: nagari panggenanipun srêngenge mlêthèk. Nama Sipon wau, dening para ingkang sami ngumbara ing jaman kina, kados ta: Marco Polo lan sanès-sanèsipun, dipun sêbut: Sipangu, danguning dangu lajêng dipun wastani Jêpang. Dados Jêpang utawi Sipon inggih punika miturut sêsêbutanipun têtiyang Jêpang piyambak, punika anggadhahi têgês: asalipun srêngenge. Dumugining dintên samangke, têtiyang Jêpang ing padhusunan taksih kathah anyêmbahyangi srêngenge. Ingkang punika amila inggih botên anggumunakên, bilih pamlêthèking srêngenge punika salajêngipun nuntên dados gambar pasêmoning kabangsan.

Kala ing taun 1056: tiyang nama Abe Yoritoki asli saking salèr wetaning tanah Jêpang, ambalela dhatêng Sang Raja Gorezei. Ingkang dados têtungguling prajuriting narendra amangsah kraman wau, nama Minamoto Yoryoshi, sapêjahipun Abe Youtoki kraman wau kalajêngakên dening anakipun kêkalih nama: Sadato tuwin Muneto, dene ingkang kajibah

--- 608 ---

angawonakên kraman ingkang kantun punika: Jendral Yosiihye inggih kalêbêt brayatipun Minamoto kasbut nginggil. Danguning kraman punika kirang langkung 9 taun, amila ing babad Jêpang pêrang sabôngsa wau, dipun wastani paprangan sangang taun, namung punika kangge ambedakakên kalihan wontênipun paprangan tigang taun, ingkang wiwitipun ing taun 1088, inggih punika kala sadhèrèk kêkalih: Kiyohara Takehira lan Iyehira ambalela dhatêng sang raja, dene ingkang ambengkasakên kraman wau, inggih Jendral Yoshiiye nginggil wau.

Jalaran saking agênging lêlabêtanipun bêbrayataning Minamoto dhatêng raja, wusana sang raja lajêng amaringi dhatêng Jendral Yoriyoshi bandera lakên kêkalih, ingkang satunggal sinulam ing bênang êmas apêtha srêngenge, satunggalipun sinulam ing bênang salaka apêtha rêmbulan. Sabibaripun paprangan sangang taun tuwin paprangan tigang taun wau, bandera kêkalih lajêng kaparingakên dhatêng Minamoto Yoshikuni inggih punika putranipun Jendral Yohiiye ingkang ôngka tiga, salajêngipun Yoshikuni adamêl bandera kalih ingkang wujudipun kadosdene bandera paringipun sang nata, saha lajêng kaparingakên putranipun jalêr kêkalih. Bandera ingkang satunggal ingkang mawi ciri srêngenge, saha ingkang wontên bundêranipun kanthi garis kêncêng satunggal [Grafik] kaparingakên dhatêng Minamoto Yoshishige, inggih punika ingkang lajêng nurunakên darah Nitta, dene bandera satunggilipun ingkang aciri rêmbulan saha wontên bundêranipun mawi garis kêncêng kêkalih [Grafik] kaparingakên dhatêng Yoshiyasu inggih punika ingkang nurunakên Ashikaga ingkang jumênêng pangagêng ing nagari Jêpang kala taun 1338 dumugi taun 1573. Dene darah Shimatsu ingkang dêdunung wontên ing sakidulipun Kijushu (Jêpang), punika dede bangsaning darah Minamoto sarta anggadhahi bandera piyambak, aciri bundêranipun garis mrapat [Grafik].

Jendral Yoshishige kasbut nginggil, inggih punika ingkang nurunakên darah Nitta, ugi anurunakên darah Tokugawa kalihan darah Sakai. Para darah Tokugawa punika kathah ingkang sami dados adipati anguwasani tanah Jêpang (1603-1868), dene darahipun Sakai punika kala alamipun para adipati darah Tokugawa kathah ingkang sami dados bôngsa luhur. Darah kêkalih wau sami anggadhahi bandera ingkang aciri srêngenge kapulas abrit dipun dhasari pêthak, dados wujudipun kadosdene bandera Jêpang kabangsan samangke punika. Bandera ingkang wujud makatên wau, tuwuhipun kala ing abad 15, dados wontênipun bandera ingkang aciri palêthèking surya punika, inggih sampun wiwit kala abad 15 wau.

Ing taun 1854 pamarentah Jêpang andhawuhakên dhatêng para kawulanipun sadaya, bilih bandera ingkang aciri palêthèking surya, dados banderanipun sadaya baita ing tanah Jêpang, saha salajêngipun para darah-darah wau sadaya dipun icali, ing wusana bandera kasbut nginggil katêtêpakên dados banderaning kabangsan.

--- 609 ---

Babadipun Tiyang Tani Pribumi.

(Sambêtipun Kajawèn ôngka 34)

Dangu-dangu kawontênanipun ing Awu-awu inggih kasumêrêpan ing sanès, malah Tuwan Arjadipura lajêng asring katamuwan tiyang ingkang lajêng dados mitra, tuwin trêkadhang katamuwan priyantun.

Ing taun 1923 Tuwan Arjadipura dipun pilih dados pangarsa pakêmpalan Tani Kopi ing kawêdanan Gêntèng. Ing ngriku lajêng têpang kalihan Tuwan Ottolander. Tuwan Arjadipura angsal piwulang kathah ing bab têtanèn, malah lajêng nganggêp guru dhatêng Tuwan Ottolander, wusana pitêpanganipun wau lajêng ngindhakakên kathahing pitêpangan dhatêng têtiyang ahli tuwin para priyantun.

[Grafik]

Sasêlaning wajib, sênêng-sênêng andrawina wontên ing pakêbonan.

[Grafik]

Para tuwan-tuwan pitêpanganipun Tuwan Arjadipura. Tuwan Arjadipura ingkang ngadêg ing sisih kiwa.

Ing wêkasaning taun 1924 Tuwan Arjadipura dipun pilih dados Widpolêk kredhit bang ing Banyuwangi tuwin dados bêstir komite "Pertoeloengan Among Tani".

Ing taun 1925 adêging kabudidayan wau angsal pambiyantunipun kulawarganipun Tuwan Arjadipura, ngantos sagêd ngawontênakên pabrik kangge kaprêluwaning wulu pamêdal, tuwin sitinipun dados 475 bau, ingkang 100 bau pakopèn, ingkang 225 bau sabin, dene sanèsipun calon pakopèn. [pa...]

--- 610 ---

[...kopèn.] Cêkakipun kawontênanipun ing kabudidayan wau sarwa mikantuki dhatêng panggêsanganing tiyang.

Ing sapunika sêdyanipun Tuwan Arjadipura anggènipun badhe anjêmbarakên kawruh bab têtanèn dhatêng tanah Eropah kasêmbadan, sêsarêngan kalihan Tuwan Ottolander. Ingkang badhe dipun ambah saking genua dhatêng Rome, ing ngriku wontên internationale landsbouw vereeniging. Saking Rome dhatêng pasitèn waradin ing po, ing ngriku papan têtanèn ing Eropah sisih kidul. Saking Po dhatêng Berlijn nglangkungi Zwitserland, wontên ing ngriku badhe sowan Tuwan Dr. Zimmerman, rumiyin dhirèktur Proefstation. Saking Berlijn dhatêng Boskoop wontên ing ngriku badhe sinau ing bab ngèlmi wowohan. Salajêngipun dhatêng panggenan sanèsipun malih ingkang dipun manah prêlu. Ugi badhe mampir dhatêng Mêsir ningali pasitèn ing Nil ingkang misuwur loh, tuwin ningali bêndungan ing Asoean, ingkang sajagad agêng piyambak.

Wusana Kajawèn mêmuji, mugi tindakipun Tuwan Arjadipura wau sampun kirang satunggal punapa, tuwin sagêda ngundhuh wohipun.

Kêthoprak ing Ngayogyakarta.

Wiwitipun ing Ngayogyakarta wontên têtingalan kêthoprak, punika wontên ing têngah-têngahing taun 1926, kabaripun asli saking Surakarta, dene dumuginipun ing Ngayogyakarta, ingkang dipun jujug ing kampung Dêmangan, salèr Balapan, dipun pitongtonakên. Sakawit ingkang ningali inggih botên sapintêna, nanging dangu-dangu saya kathah, malah ngantos mangsulakên ingkang ningali, saking katêlasan panggenan.

[Grafik]

Nginggil punika gambaripun kêthoprak, ing kampung Natatarunan, Pakualaman, ingkang sampun nate katimbalan wontên ing kraton Surakarta, sabagean lampahan Mad Salim.

Têtabuhanipun kêthoprak punika: lêsung, suling, trêbang lan kêndhang. Sandhang panganggenipun limrah kados pangangge padintênan. Sindhènipun mawi têmbang PucungPocung (dan di tempat lain). lan Mijil.

Sabibaripun kêthoprak ing nginggil wau, lajêng wontên kêthoprak barangan ingkang ambarang dhatêng pakampungan, ugi kathah ingkang nanggap. Sasampunipun punika lajêng ngêmbrah,

--- 611 ---

mèh sabên pakampungan wontên ingkang damêl pakêmpalan kêthoprak. Ingkang nyuwun palilah dhatêng pamarentah kemawon sampun 260 pakêmpalan, malah kapara langkung, punika dèrèng sajawining kitha.

[Grafik]

Kêthoprak, Natatarunan, Pakualaman, sabagean lampahan Jakasuraya.

Kêthoprak pakampungan wau sakawit têtabuhan tuwin panganggenipun inggih kados ingkang dipun tulad, nanging lajêng dipun wêwahi gitar, mandholin tuwin piyul, panganggenipun kados bangsawan, punapa malih têtêmbanganipun inggih dipun wêwahi. Dene lêlampahanipun mêndhêt saking sêrat-sêrat kina utawi suluk, kados ta: Jaka Tarub, Yusup, Suksma Nglêmbara, Jaka Kusnun tuwin sanès-sanèsipun.

Kawontênaning kêthoprak ing Ngayogyakarta punika pancèn ngeram-eramakên, paribasan ngantos dados kêmbang lambenipun tiyang sanagari, ngantos sagêd ngawonakên têtingalan sanèsipun, sanadyan para luhur pisan ugi sami karênan dhatêng kêthoprak.

Sintên ingkang dhatêng ing Ngayogya tamtu lajêng sagêd sumêrêp dhatêng nyataning wartos wau, awit ing samargi-margi lajêng mirêng suwaraning tiyang rêngêng-rêngêng lagu kêthoprak, tuwin sabên dalu tamtu mirêng bilih ing kampung anu wontên kêthoprak.

Salêbêtipun Jaarmarkt ing Ngayogyakarta ugi wontên têtingalanipun kêthoprak, tuwin sanès-sanèsipun. Ing ngriku kathahipun tiyang ningali, botên wontên ingkang nyamèni kados ingkang ningali kêthoprak.

Dalah jèsbènipun rèsturan Yap, punika manawi sampun ngancik têngah dalu, sasêlaning dhansah ugi mungêl lagu Pucung utawi Mijil kêthoprak. Tumrap tiyang ingkang kêsêngsêm, sagêd nyôndra: bilih ungêling jèsbèn lagu kêthoprak ing wanci têngah dalu wau, kados kumandhanging Jaarmarkt ingkang sami ngajak ngaso, wusana kumênyuting manahipun ingkang sami mirêng ngantos nabêt dipun bêkta dhatêng jaman pasupênan.

[Iklan]

--- 612 ---

Ingkang Bupati Enggal ing Batawi Radèn Tumênggung Ahmad

Kala tanggal kaping 25 Agustus ingkang kapêngkêr punika, ing Batawi sampun angêpyakakên Radèn Ahmad, patih Kabupatèn Batawi têtêp jumênêng bupati ing Batawi. Kala punika ingkang sami anjênêngi bôngsa luhur Walandi lan priyayi pribumi kathah sangêt. Jam 9.30 enjing, Paduka Tuwan Gupêrnur Jawi Kilèn sakalihan ingkang bupati enggal rawuh, mangagêm busana pameran. Ing ngriki botên pêrlu kacariyosakên malih anggènipun ngêpyakakên utawi amasrahakên sêrat kêkancinganipun dhatêng ingkang jumênêng bupati, jalaran sampun kawrat wontên ing sêrat-sêrat kabar sanèsipun, ing ngriki namung badhe mêthik saking sêrat kabar ind.crt mênggah kawontênanipun Radèn Ahmad sadèrèngipun jumênêng bupati kados ing ngandhap punika:

[Grafik]

Radèn Tumênggung Ahmad.

Radèn Ahmad anggènipun dados patih tigang taun. Miturut katranganipun Radèn Ahmad piyambak, salêbêbtipun dados patih saha sadangunipun wontên ing Jawi Kilèn wau, sagêd uninga mênggah watak-watak utawi kawontênanipun têtiyang ing Jawi Kilèn ingkang beda sangêt kalihan wêwatêkan utawi kawontênanipun têtiyang ing Jawi Têngah. Kala samantên Radèn Ahmad namung numpak baita utawi tindak dharat kemawon. Pangandikanipun kanthi gumujêng: bokmanawi namung saking anggèn kula mlampah kemawon punika, wontênipun kentol kula katingal kêncêng. Inggih jalaran saking makatên wau, Radèn Ahmad lajêng sagêd tamat dhatêng kawontên utawi wêwatêkanipun têtiyang pribumi ing Jawi Kilèn. Sanadyan Radèn Ahmad punika priyantun Jawi dêlês, miturut katranganipun, trêsna lan asih sangêt dhatêng têtiyang Batawi, amargi anggènipun gadhah watêk blaka suta sarta prasaja.

Radèn Ahmad punika dede golonganing kaum pulitik, saha botên tumut-tumut kalihan pakêmpalan punapa kemawon. Sapêngkêripun saking Surabaya, Radèn Ahmad lajêng mêngkêr dhatêng golonganing pakêmpalan. Punapa malih saking pangandikanipun, tiyang dados bupati punika panggalihanipun kêdah mardika (nêtêpi kuwajibanipun) botên kenging tumut gêgayutan kalihan pakêmpalan. Sanadyan makatêna, Radèn Ahmad botên awatak kina, inggih anjamani. Sintên tiyang ingkang sampun nate awawan sabda kalihan ingkang bupati wau, tamtu lajêng mangêrtos bilih Radèn Ahmad punika panggalihanipun jêmbar, saha anguningani dhatêng kabêtahanipun têtiyang Jawi, ananging tumindaking kamajêngan miturut pangandikanipun kêdah dipun saranani [sa...]

--- 613 ---

[...ranani] saking lampah kautaman, botên saking cara okol-okolan, awit punika namung badhe adamêl sangsaraning kawula kemawon. Wosing pamawasipun Radèn Ahmad: pulitiking pagêrakanipun têtiyang pribumi punika badhe tanpa aji babarpisan, bilih kamajênganing bab panggayuhing panggêsanganipun kècèr.

Têmênipun bilih Radèn Ahmad punika sanès kaum kina, sagêd kasumêrêpan saking sadaya kuwajiban utawi padamêlanipun ingkang gêgayutan kalihan têtiyang pribumi.

Radèn Ahmad sampun botên cocog kalihan bab lampahing pakurmatan dhodhok lan sêmbah. Dene ingkang dados jalaranipun makatên:

Nalika panjênênganipun pinuju tindakan nitih kapal pêrlu ngupados anggrèk wulan, sarêng sampun cêlak, mèh dumugi panggenaning anggrèk wulan, dilalah kapalipun Radèn Ahmad lajêng nglumba ngadêg, ngantos Radèn Ahmad dhawah ing siti sacêlakipun wit ingkang wontên anggrèk wulanipun wau. Sarêng katitipriksa mênggah sabab-sababipun dene kapal ingkang dipun titihi wau anglumba, botên sabab punapa, jêbul wontên tiyang èstri têtiga ingkang kapêthuk saha lajêng urmat andhodhok. Inggih wiwit saking anggènipun Radèn Ahmad botên rêmên dhatêng pakurmatan dhodhok lan sêmbah wau.

Rêmbagipun Petruk lan Garèng.

Bab Sata Murugakên Kunthing.

Petruk : Wadhuh Rèng, andharanmu bab ngingu gramèh biyang lagi anu kae, sajake mula nyamlêng têmênan, besuk manawa aku wis olèh ujuran saka tanggaku anggone mênang lotre, mêsthi banjur enggal dak adani bae.

Garèng : Hêm, caturan karo wong gêmblung, lha iya angèl tangguhe. Wong arêp ada-ada, pawitane kathik anjagakake ujurane tanggane manawa olèh. Iya nèk tanggane tuku lotre, lan manèh apa tanggane wis mêsthi gêlêm awèh ujuran.

Petruk : Bab anggone arêp awèh ujuran kuwi wis mêsthi, amarga wis rêrasan besuk arêp ngêpèk mantu prunanmu sang bagus Kamprèt. Dadi sabanjure duwèke kana duwèkku, duwèkku ya duwèkku dhewe.

Garèng : Lha, nèk kaya ngono kuwi arane rak ngèlmu mênang-mênangan. Wis, wis, tinimbang gêguyon sing ora bakal mupangati, ayo padha banjurake rêmbugane lagi anu kae.

Petruk : Bagus, saiki têrus tak wiwiti bae, kapriye mungguh pangingune iwak sing…

Garèng : Yah, iya ora jangji, biyèn jangjine sing arêp dirêmbug rak digonta-ganti, ya prakara ngingu iwak, liya dina manèh prakara bako.

Petruk : Yak, nèk omong bab bako kuwi, durung-durung wus nêg rasaning wudêlku, lha kapriye manèh wong aku kiyi wis kabanjur doyan udud. [u...]

--- 614 ---

[...dud.] Sabênêre bae aku aluwung ora dikon mangan gorengan sêpur, tinimbang ora udud, môngka rêmbugmu bab udud kuwi ora ana sing ngêpenakake pikiran pisan-pisan.

Garèng: Lho, wong urip kuwi aja tungkul mikir awake dhewe bae, yèn tumrap awakmu dhewe wis kasèp, kênaa kanggo mêmulang anak putumu ing besuk, dene sing arêp tak andharake saiki, yakuwi sabab-sababe dene bako marakake kunthing.

[Grafik]

Petruk : Hara, apa kuwi ora jênêng ambubrah agama, bako marakake lara ampêg, marakake lara jantung, saiki banjur marakake kunthing. Sêtun-sêtun bako marakake bisa dadi gêdhêle polêksrad, utawa dêlèr, lha, rada ayêm nang ati.

Garèng : Yah, wong jênênge gêdhelêgidhêr (Gedelegeerde) lan èdhêlhir, kok dilih sagêlême bae. Wis, wis, aja dibanjur-banjurake anggone kêntholangan, rungokna tak kandhani. Mungguh badan kuwi bisane gêdhe, mung gumantung saka pangane, têgêse: manawa arangbarang. sing dipangan mau akèh sarine kang maedahi nyang badan, badane bisa mundhak gêdhe, ananging manawa kurang sarine, ya ora bisa migunani.

Petruk : Hêm, omongmu kiyi ya bênêr ora nganggo basa yangko-yangko, nanging aku kok rada judhêg dhing. Jajal têrusna dhisik omongmu kuwi, bokmanawa mêngkone bisa cumêmplong ing atiku sing rada bunjêt kiye.

Garèng : Sadurunge pêpanganan kajupuk sarine kang numrapi ing badan, pêrlu kudu dilêmbutake dhisik, dene papan pangluluhe mau ana ing wadhuk sarta ing usus.

Petruk : Sêmadan ngrêti aku saiki kang dadi karêpmu, karêpmu rak jalaran saka dayaning bako, piranti pangluluhan mau bisa rusak, iya apa ora, wong aku wis mêsthi banjur nyandhak bae.

Garèng : Iya mula mangkono, mung bae aku arêp pitakon, sêmadan kuwi bêburon apa, dene aku lagi krungu saiki kiyi.

Petruk : Sêmadan kuwi, nèk kowe arêp ngrêti, bangsane: u…nthu…lo…wuk ajêmbuwal, mungguh têgêse: rada.

Garèng : Hêm, ana-ana bae Si Petruk kiyi. Dadi yèn piranti pangluluhan mau rusak, panggarape ya ora sampurna, dadi kabèh sing dipangan ora bisa ajur têmênan. Satêmah sarining pêpanganan kang bisa numrapi marang jasating badan dadine ya kurang, mulane sanajan ora kêkurangan pangan, ananging saranduning badan ora bisa olèh sari kang nyukupi. Mulane wong kang wus nadhah marang bako, undhaking peranganing badan ora sapiraa, satêmah ajêg cilik utawa kunthing.

Petruk : Iyah, gagasanamu kuwi wong

--- [615] ---

kêjêron, mêsthi bae ora ngêpenakake awak ajêgan.

Garèng : E, lha, dikandhani têmênan, kathik dianggêp gagasan bae. Kunthinging badan kang jalaran saka bako kuwi, kayadene kêkayon kang oyode didèkèki ès, jalaran saka adhême, ora bisa subur uripe, sanadyan bisa urip, ananging tansah gêring, mêngkrak-mêngkrik.

Ingkang Minulya Tuwan Prof. Dr.R. Tagore.

[Grafik]

Ing sisih kiwa, gambaripun sang minulya Prof. Dr. Tagore wontên salêbêting kapal Plancius sadumugining Tanjungpriuk. Ing têngên, panjênênganipun nitih oto ingkang sarwa prasaja, botên karsa nitihi oto ingkang rinêrêngga ing sêkar pêthukan saking bôngsa Hindhu ing Batawi, kêbêkta saking lurusing panggalih, lumuh sinungga-sungga ing sasami.

[Grafik]

Nalika Sang Minulya sinugata ing buja andrawina dening para linangkung ing India wontên ing Batawi, manggèn ing hotèl Des Indes. Kathah para luhur ingkang rawuh, satêngênipun sang minulya: Tuwan Crosby, Kunsul Jendral Inggris, tuwin panjênênganipun Prof. Dr. R. H. Husin Jayadiningrat.

--- 616 ---

Jagading Wanita.

Kasêtyanipun Wanita Jêpang.

(Candhakipun Kajawèn ôngka 34)

Samantên sangsaranipun Nyonyah Sadhako kala ing jaman punika, ananging sarèhning sêdyaning nyonyah mau badhe angêngirangi wêdaling arta, amila inggih botên amarduli babar pisan dhatêng pangolok-olok ingkang dipun lairakên dhatêng piyambakipun saha ingkang jalêr. Ewadene sanadyan anggènipun angêngirangi wau langkung saking mêsthi, ananging inggih mêksa taksih kirang kemawon. Jalaran batihipun sadaya wontên tiyang 6, ing môngka pènsiunipun ingkang jalêr namung f 198.- ing dalêm sataunipun. Inggih lêrês kala punika rêrêgining têtêdhan langkung mirah tinimbang samangke, ananging inggih mêksa awrat angrêngga têdhanipun tiyang 6, sarana padamêl namung f 16.50 sabên wulanipun, punapa malih arta samantên punika wontên ingkang kêdah kasisihakên kangge tumbas jampi-jampinipun ingkang jalêr. Sarêng gêsangipun saya dangu saya rêkaos, ibunipun marasêpuh malah saya sangêt anggènipun anguring-uring, kêrêp sangêt Nyonyah Sadhako dipun ungêl-ungêlakên ingkang botên sakeca, wicantênipun marasêpuh èstri wau, mila Nyonyah Sadhako botên kesah saking ngriku punika, jalaran namung saking anggènipun nênggani pènsiunipun ingkang jalêr kemawon. Tarkadhang ibu marasêpuh wau sok ngusir Nyonyah Sadhako supados kesah saking ngriku. Nyonyah Sadhako ing batos lajêng anggagas makatên: yèn aku nganti lunga saka kene, sapa kang bakal anjaga bojoku. Kang iku wis dadi wajibku aku ana ing kene bae angopèni lakiku. Murih adamêl bingahing marasêpuhipun èstri, Nyonyah Sadhako lajêng anglampahi nyambut damêl wontên ing salah satunggiling sêkolahan. Lan ngantos langkung saking 30 taun laminipun, Nyonyah Sadhako tansah amulasara lakinipun ingkang lumpuh wau, tanpa angangluh, punapa malih botên nate anglairakên têtêmbungan ingkang botên sakeca. Salêbêtipun gêsang kados makatên punika, Nyonyah Sadhako sagêd amragadi kapenakanipun ingkang jalêr lumêbêt ing pamulangan opsir saha anakipun èstri kêkalih dhatêng pamulangan wanita ing Shiruoka. Samangke kapenakan jalêr wau sampun dados opsir pangkat inggil, anakipun èstri ingkang sêpuh semah angsal satunggiling punggawa maskape agêng ing Jêpang, dene anakipun èstri ingkang ênèm, dèrèng dangu punika sampun lulus eksamênipun wontên ing pamulangan èstri ing Karya. Samangke nyonyah Sadhako umuripun kirang langkung 56 taun, gêsangipun kalihan ingkang jalêr tansah sênêng lan têntrêm. Padamêlanipun ingkang jalêr sabên dintênipun numpak grobagan kasurung dening ingkang èstri dhatêng lèpèn sumêdya amancing. Têtiyang ing kitha Kariya ingkang sami kêpêthuk, sadaya sami tumênga aningali, anganggêp Nyonyah

--- 617 ---

Sadhako kadosdene satunggiling barang adi ingkang gêsang ing panggenan ngriku (ngantos dumugi samangke Nyonyah Sadhako wau taksih gêsang).

Dèrèng dangu punika juru ngarang Tuwan K. Yamamoto ingkang nyariyosakên bab punika, mêntas apêpanggihan kalihan Nyonyah Keiko Hattori, satunggiling juru ngarang wanita ingkang kawitan ing tanah Jêpang, lan samangke abikak toko agêng wontên ing sacêcakipun statsiun Ohmori, pêrlu pitakèn bab kawontênanipun Nyonyah Sadhako, amargi Nyonyah Hattori wau kalêrês adhinipun. Wangsulanipun Nyonyah Hattori makatên: Kula botên mangêrtos babarpisan dene bakyu kula sagêd anglampahi gêsang ingkang sangsara makatên, amila inggih elok sangêt, ingatasipun satunggiling tiyang èstri ingkang badanipun ringkih lan kêra, têka tansah kuwawi anggendhong ingkang jalêr dhatêng griya sakit ngantos mataun-taun laminipun. Dene anggènipun angsal kamulyan wau, botên jalaran saking kakiyataning badanipun, ananging têtela saking gênging katrêsnaning manahipun.

KRONIEK

Kabar Warni-warni.

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

Pakêmpalan, Islamiyah ing Ngayogyakarta, sawatawis dintên malih badhe ambikak pamulangan H.I.S. partikêlir wontên ing dhusun Bawang, dhistrik Bandhul. Manggèn ing griyanipun kapala dhusun ngriku. Sakawit namung ambikak klas 1 lan 2, nanging sabên taun badhe dipun indhaki klasipun.

Dèrèng dangu ing Bandhung kathah lare-lare sami ical. Ingkang sampun kalapurakên ing pulisi, 1 Janus, ing kampung Pledhang. Wagiman umur 10 taun, ing kampung Sanintên. Karna, umur 13 taun, ing kampung Prajurit. Mukhamad Tahir, umur 8 taun, ing kampung Sanintên tuwin Sahri, kintên-kintên umur 12 taun, ing kampung Cimênyan.

Ing dintên Jumuwah kapêngkêr, wontên tiyang kathah ingkang kaangkatakên saking Batawi numpak sêpur dhatêng Surabaya, benjing tanggal 2 Sèptèmbêr kabidhalakên dhatêng Dhigul numpak kapal Sirius.

Kawrataning paos para têtiyang ing Sumatra sisih kilèn sampun kapriksa rampung, pikantuking papriksan tumuntên badhe angaturakên ing parentah.

Wontên wartos, bilih Tuwan H.A. Salim sapunsampun. bidhal saking Mêkah dhatêng India. Kintên-kintên badhe kampir ing Bombai. Golongan P.S.I. sampun wiwit tatatatata-tata. badhe ngurmati benjing dhatêngipun Tuwan Salim. Saking golonging rêmbagipun para pakêmpalan Islam Tuwan Salim badhe dipun aturi sêsorah ing bab lampahipun, tuwin bab anggènipun sowan Prabu Ibnu Saod, punapadene bab suwaking muktamar ing taun punika.

Ing tanggal 19 Agustus landrad ing Brêbês andhawahakên karampungan dhatêng pasakitan Walkam, kaukum 15 taun, Yakim 12 taun, Muwit 10 taun, sami kalêpatan ngoyok ing griyanipun Kaji Ambari ing Yuwungragi. Wontên pasakitan 5 ingkang luwar.

Ing kantor Jav.Bank ing Crêbon, pinanggih wontên arta f 8.900.- ingkang dipun slingkuhakên ing tiyang. Arta wau awarni arta krêtas ingkang badhe dipun sirnakakên, nanging dèrèng dipun cirèni. Kasir kêkalih ingkang kenging dakwa, sapunika dipun tahan.

Saking panimbanging kumisi kolonisasi ing Kota Agung, bilih pamarentah marêngakên nyadhiyani wragad kangge yasa ilèn-ilèn toya [to...]

--- 618 ---

[...ya] tuwin ngudi kasarasan ing ngriku, kolonisasi wau badhe kalajêngakên. Dene prêlu tuwin botênipun kolonisasi wau kawiyarakên, dèrèng karêmbag.

Winisudha dados residhèn ing Jambi Tuwan H.E.K. Ezerman, asistèn residhèn ingkang kabantokakên ing residhèn Palembang.

Bab kadurjanan arta ing mobil pos ing Mêrbao, ing sapunika tuwan kontrolir ing Mêrbao sampun angsal katrangan malih manggih butamal arta f 5.500.- dipun pêndhêm ing siti, ugi wontên ing Mêrbao, dados dumugi sapunika, ingkang pinanggih sampun wontên f 18.000.-.

Kasêbut ing bêslit guprêmèn, nêtêpakên wontên tiyang kuminis 33 ingkang kasingkirakên dhatêng Dhigul. Ingkang kathah asli saking Têrnate.

Kawontênaning arta ingkang kangge mitulungi kasangsaran bêbaya angin agêng ing nagari Walandi, Sêmèrupon tampi arta darma f 13.892.71. Ingkang sampun dipun tampèni wontên f 91.544.45 dados sadaya wontên f 105.447.16.

Aneta martosakên: samangke wontên ordhonansi enggal ingkang ngêwratakên paukumanipun para pangagêng ingkang sami misakit kalèrèhanipun, sanajan ta namung sapele.

Kaangkat dados mudha pangarsa (ondervoorzitter) landrad ing Magêlang sarta Têmanggung: Radèn Suparta, ingkang suwau lid landrad. Kaangkat dados mudha pangarsa (ondervoorzitter) landrad ing Bangkalan (Madura): Radèn Sugiyana, lid landrad ing Rêmbang.

Wontên pawartos, bilih ingkang wicaksana guprênur jendral, andhawuhakên waradin sarta dhawuh wau ugi badhe kapacak ing sêtatsêblat, kados ing ngandhap punika:

Ingkang wicaksana asring mirêng pawartos sarta ugi anguningani saking rêmbag-rêmbag parêpatan pangrèh praja, bilih kathah sawênèhing amtênar ingkang kajibah nindakakên kawajiban piyambak, ingkang lajêng lêlayanan kalihan kawula botên kanthi sarêmbag kalihan priyantun pangrèh praja Eropah utawi pribumi rumiyin. Jalaran saking punika sarèhning pangrèh praja punika sampun tamtu langkung sumêrêp dhatêng kawontênaning bawahipun, mila lampahing padamêlan ingkang nilar pangrèh praja wau botên kenging dipun wastani sae, tuwin panggalih dalêm ingkang wicaksana, tindak ingkang makatên punika kajawi nama nyuda darajading pangrèh praja, ugi nama nêrak wawênanging liyan. Amila samangke paperanganing padamêlan nagari ingkang angsal dhawuh nindakakên papriksan piyambak, kêdah suka sumêrêp rumiyin dhatêng pangagênging paprentahan, kanthi katrangan benjing punapa anggènipun nindakakên papriksan, supados sagêd ambêkta liyan pangrèh praja pribumi. Tumrap ing tanah sabrang, sarèhning beda kalihan kawontênanipun ing ngriki, kêdah nêdha pitulung lumantar pangrèh praja bôngsa Eropah, supados kinanthenan amtênar utawi pangagênging tiyang pribumi.

Gêgayutan kalihan bab punika, kangjêng tuwan ingkang wicaksana ugi kêpengin paring pêpèngêt, manawi pranatan ingkang anjalari pangrèh praja kêdah tumut ngurusakên, botên kenging kalêbêtakên usul, utawi nyadhiyani pangagêng piyambak, sadèrèngipun pangagênging gêwès anglairakên suraosing manah tumrap pranatan wau.

Parentah sampun anganggêp absah sarta ngidèni undhang-undhang damêlanipun rad kitha Majakêrta kangge nyuda wêwahan (Opcenten) paos nagari, inggih punika kasuda 20 dumugi 15 prêsèn.

[Grafik]

Para suradhadhu India ingkang sami wontên ing nagari Walandi, nalika pamitipun dhatêng para mitranipun bôngsa Walandi.

--- 619 ---

FEUILLETON

Lêlampahanipun Prabu Tristan lan Putri Isolde.

16

Wangsulanipun Sang Corneval: Punika pêdhang paduka, satriya, kula bêktakakên saking ing karaton.

Pangandikanipun Prabu Tristan: Sakalangkung nuwun, guru, sapunika kula botên ajrih dhatêng sintên kemawon, kajawi dhatêng Pangeran Ingkang Maha Wêlas sarta Maha Asih.

Wicantênipun Corneval: Dhuh, satriya, ing sangandhaping rasukan kawula wontên rasukanipun kêre, sumôngga sampeyan agêm manawi wontên pêrlunipun.

Prabu Tristan amangsuli: Sampeyan bêkta mriki, guru, sapunika ugi kula badhe mitulungi Isolde.

Corneval wicantên malih: O, sampun kasêsa, satriya, sanajan paduka tansah rinêksa ing Pangeran, sarta kajurungakên kangge malês dhatêng têtiyang wau, nanging sapintên kiyatipun tiyang satunggal mêngsah tiyang samantên kathahipun. Paduka saèstu botên badhe sagêd nyêlaki papan pangobongan ingkang dipun jagi ing tiyang kathah, ingkang sami ajrih dhatêng ing sang prabu. Sanajan kathah tiyang ingkang kapengin mitulungi dhatêng sampeyan, nanging sadaya wau badhe amrêjaya sampeyan, pramila sae dipun êntosi kemawon sawatawis dangunipun. Sayaktosipun lêrês cariyosing tiyang makatên: Bèring kawanèn ingkang kirang dugi prayogi punika, dene wataking satriya ingkang limpad ing budi.

Kacariyos, kala Prabu Tristan mlumpat saking ing jandhelaning gareja wau, wontên satunggiling tiyang miskin ingkang nyumêrêpi dhawahipun saha anggènipun lumajêng anyingkiri bêbaya. Tiyang wau enggal dhatêng ing kitha gêgancangan sarta lajêng lumêbêt ing karaton dhêdhêmitan, amanggihi sang putri, aturipun: Sang pramèswari, mugi sampun muwun kemawon, mitra paduka sagêd angoncati bêbaya.

Sang putri angandika: Sakalangkung panuwun kula dhatêng ing Pangeran, sanajan kula dipun bônda utawi dipun uculi bandan kula punika, makatên ugi sanajan kula dipun gêsangi utawi dipun pêjahi, sapunika tumraping jasad kula sami kemawon. Saking singsêtipun anggèning anangsuli astanipun sang putri, astanipun ngantos mêdal rahipun. Sang putri ngandika sarwi mèsêm: Saupami kula nangis samargi nandhang sakit punika, saèstunipun kula kenging kawastanan kirang panarimah kula dhatêng ing Pangeran saking anggènipun sampun aparing kawêlasan dhatêng mitra kula wau, ngantos sagêd angoncati bêbaya pêjah.

Sarêng Sang Prabu Marc midhangêt wartos bilih Prabu Tristan sagêd uwal saking tanganing para abdi ingkang angirid saha oncat saking bêbaya, sakalangkung sangêt dukanipun, nuntên dhawuh: Sang putri kawêdalna saking ing karaton. Sang putri lajêng kabêkta sowan ing ngarsanipun sang prabu, dumugi ing sangajênging griya papan palênggahanipun sang nata, sang putri angacungakên astanipun ingkang mêdal rahipun wau. Ing margi kathah tiyang ingkang anjêrit sêsakit: O, Pangeran, mugi aparinga piwêlas dhatêng sang putri, dhuh, Putri Isolde, ratu ingkang kamulyakakên ing ngakathah. Saèstunipun têtiyang ingkang awon manahipun, ingkang anjalari paduka dhumawah ing panguwasaning pangadilan punika, badhe ngawontênakên kasisahan agêng. Mugi-mugi têtiyang wau sami pikantuka bêbênduning Pangeran. Sang putri lajêng kabêkta dhatêng ing sacêlaking pangobongan. Kala samantên Baron Dinas ing Lidan nuntên angrungkêbi sampeyanipun sang prabu, aturipun: Gusti, mugi paduka karsa amidhangêtakên atur kawula. Sampun lami anggèn kawula suwita wontên ngarsa paduka, dados mantri pangajênging karaton kalayan sêtyaning manah, têmên sarta botên angajêng-ajêng kauntungan. Minôngka ganjaran paduka dhatêng kawula, mugi paduka karsa amaring pangapuntên dhatêng sang putri. Paduka badhe ambêsmi sang putri, botên ngangge ngawontênakên pangadilaning Pangeran. Ingkang makatên punika kirang adil sangêt, margi sang putri botên ngakêni dhatêng pandakwa paduka. Kajawi punika paduka mugi karsa angèngêti bilih Tristan sampun oncat saking panguwasa paduka, sarta wontên ing nagari Cornwallis ngriki jajah sangêt, piyambakipun sumêrêp kawontênaning sadaya ara-ara, wana-wana, lèpèn-lèpèn, tuwin sadaya margi-margi ing parêdèn, wêwah-wêwah bèr ing kawanèn. Saupami sang putri saèstu dipun bêsmi, nagari Cornwallis saèstu dados wêrit sangêt, para baron tuwin kalerehan paduka sadaya badhe botên sagêd têntrêm gêsangipun, awit sanajan Tristan botên badhe malês awon dhatêng paduka, têmtu badhe malês mêjahi dhatêng sadaya tiyang ingkang pinanggih ing piyambakipun ingkang kaanggêp dados satrunipun.

Mirêng aturipun Baron Dinas ing Lidan makatên punika, baron sakawan ingkang awon manahipun wau sami pucêt, amargi rumaos giris manahipun, pangraosipun Tristan sampun tansah ngulat-ulatakên piyambakipun.

Baron Dinas matur malih: Gusti, salaminipun kawula suwita ing ngarsa paduka tansah sêtya saha têmên, mila mugi karsaa amaringakên sang putri dhatêng kawula, kawula sagah anjagi, saha sagah nanggêl kasaenanipun. Nanging sang nata botên karsa andhahar aturipun Baron Dinas wau. Lajêng angasta astanipun Baron Dinas sarwi prasêtya bilih sang putri badhe enggal kapatrapan paukuman.

--- 620 ---

Baron Dinas nuntên matur malih: Sang prabu, manawi makatên kawula badhe wangsul dhatêng ing Lidan, saha kawula botên sagah dados mantri pangajêng ing karaton. Sang putri mèsêm amriksani Baron Dinas sarwi nalôngsa. Baron Dinas nuntên numpaki kapalipun, kasandêrakên wangsul dhatêng ing Lidan kalayan susahing manah.

Kacariyos, sang putri ngadêg ing sacêlaking pangobongan, para têtiyang ingkang wontên ing sacêlakipun sang putri sadaya sami nyupatani sang nata tuwin têtiyang ingkang sami awon manahipun wau. Sang putri tansah muwun, waspanipun daleweran, anêlêsi pangarasanipun. Agêm-agêmanipun kalèt, warninipun klawu, sinulam ing bênang êmas. Remanipun panjang ngantos dumugi ing sangandhap jêngku, dipun kalabang. Sintên tiyangipun ingkang botên wêlas ningali sang putri ingkang sakalangkung endah ing warni punika saèstu tiyang awon manahipun. Astanipun kalih pisan binônda singsêt sangêt.

Kala samantên lajêng wontên kere satus anyêlaki papan pangobongan, sarta sowan ing ngarsanipun sang prabu. Kere-kere wau sami gadhah sêsakit leprah, badanipun botên wontên ingkang wêtah, tur sami têkênan sadaya, margi sukunipun sami pincang. Pangajênging kere nama Yvain matur dhatêng sang prabu: Gusti, paduka karsa ambêsmi sang pramèswari, punika sayaktosipun ukuman ingkang awrat sangêt, nanging tumanjanipun namung sakêdhap. Samôngsa latuning pangobongan pêjah sang putri inggih sampun botên ngraosakên sakit malih. Kawula sumêrêp ukuman ingkang langkung awrat tinimbang lan ukuman dipun bêsmi. Sang putri botên badhe anggalenggal. seda, nanging badhe anandhang sangsara ing salaminipun, tur sabên dintên badhe ngajêng-ajêng pêjah.

Sang prabu ngandika: Isolde bakal ingsun uripi, nanging uripe kudu sangsara bangêt nganti angungkuli pati. Sing sapa bisa nyêbut ukuman kang kaya mangkono iku, ingsun tarima bangêt.

Yvain lajêng matur: Gusti, mugi kauningana, rencang kawula sadaya wontên satus, bilih paduka karsa amaringakên sang putri dhatêng kawula sadaya, badhe sami kawula kangge semah. Sayaktosipun ukuman punika anglangkungi ukuman pêjah. Gusti, mugi paduka karsa amariksani mêmala ingkang wontên ing badan kawula sadaya, tuwin pangangge gombal ingkang nèmplèk ing mêmala punika, gandanipun botên amrik wangi. Sang putri ingkang sampun kulina dados pramèswarining nata, agêm-agêmanipun sarwa sae, sarta angrênggani karaton ingkang endah sangêt punika, manawi lajêng manggèn ing karatoning kere, sarta kêmpal kalihan kawula sadaya, sabên dintên saèstu badhe tansah èngêt dhatêng papan pangobongan punika.

Sarêng sang nata midhangêt aturipun Yvain makatên wau, lajêng jumênêng saking papan palênggahanipun, nanging dangu kèndêl kemawon, wusana lajêng têdhak marêpêki sang pramèswari sarta angasta astanipun. Sang putri anjêrit: Dhuh, sang nata, mugi karsa paring kawêlasan dhatêng jasat kawula. Tinimbang kaparingakên dhatêng kere-kere punika langkung sae kawula pêjah wontên ing pangobongan. Nanging sang nata botên karsa midhangêtakên sêsambatipun sang putri, sang putri lajêng kaparingakên dhatêng kere-kere punika. Kere-kere wau sadaya inggih nuntên sami nyêlaki sang putri kanthi bingahing manah. Sadaya tiyang ingkang ningali sami wêlas dhatêng sang putri. Nanging Yvain bingahipun tanpa upami, dene manggih kabêgjan samantên agêngipun. Sang putri lajêng kairid kesah, kairingakên ing kônca-kancanipun. Botên antawis dangu lampahipun dumugi ing sajawining kitha, mêdal ing margi ingkang nglangkungi garumbul panggenanipun sêsingidan Prabu Tristan wau. Sang Corneval lajêng wicantên sêru: Anggèr, punika mitra sampeyan dhatêng, kairid ing kere-kere ingkang katariman sang putri dening sang nata. Prabu Tristan lajêng nitihi titihanipun, mêdal saking ing garumbul, marêpêki Yvain sakancanipun wau. Pangandikanipun: Uwis suwe anggonira ngêtutake sang putri, manawa sira kêpengin urip, sang putri enggal uculna. Yvain nêpsu sangêt, lajêng angajak kancanipun angrubut Prabu Tristan. Kacariyos Prabu Tristan botên mêntala amrêjaya kere-kere wau sarana pêdhangipun. Sawênèhing kaol anyariyosakên bilih Yvain pinêjahan dening Prabu Tristan, nanging sayêktosipun ingkang mêjahi Yvain wau Corneval inggih punika dipun êbruki kajêng agêng, êndhasipun ngantos rêmuk. Sang putri lajêng dipun uculi bêbandanipun, sarta kabêkta kesah dening Prabu Tristan anilar ara-ara ngriku lumêbêt wana agêng ing Morois kadhèrèkakên dening Sang Corneval. Wiwit kala samantên para luhur ingkang tansah sih-sinisihan punika botên ngraosakên malih kasusahan tuwin sakiting sariranipun. Ing wanci sêrap surya lampahipun priyantun têtiga wau sampun ngancik ing sukuning rêdi, nuntên sami lêrêp ing ngriku. Saking sangêting sayahipun, sang putri enggal sare.

Enjingipun Corneval nyolong jêmparing ing griyanipun punggawa ingkang anjagi wana kaaturakên dhatêng Prabu Tristan gandhewanipun kiyat, panahipun kalih. Prabu Tristan lajêng anjêmparing kidang jalêr, Corneval adados latu kangge ngratêngi daginging kidang wau. Sasampunipun sami nêdha, nuntên sami damêl bubuggubug. alit dipun payoni ron-ronan. Makatên mula bukanipun priyantun têtiga wau manggèn wontên ing salêbêting wana agêng, sarta nandhang kakirangan. Nanging lêstantun anggèning sami sih-sinisihan.

(Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

Ôngka 37, 18 Mulud Taun Jimakir 1858, 15 Sèptèmbêr 1927, Taun II.

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [641] ---

Ôngka 37, 18 Mulud Taun Jimakir 1858, 15 Sèptèmbêr 1927, Taun II.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Kêmis.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 Wèltêprèdhên.

Kitha Yuyorêk, Amerikah.

[Grafik]

Satunggiling wawasan ing kitha Yuyorêk katingalan saking palabuhan.

--- 642 ---

Sang Minulya Prof. Dr. RABINDRANATH TAGORE.

Ing Kajawèn sampun kawartosakên, bilih pujôngga agêng Indhu, ingkang asmanipun kasêbut ing nginggil punika, rawuh ing Indhia ngriki.

Sang minulya wau misuwur sangêt mênggah ing ulah sêkaran ingkang suraosipun [...] lêbêt.

Nalika sang linangkung wau [...] ing Batawi, tanggal 21 Agustus 1927 adamêl sêkaran ing basa Inggris, ingkang suraosipun mindhakakên têpangipun tanah Indhu kalihan tanah Jawi. Mênggah jawinipun kintên-kintên kados ing ngandhap punika:

Tumuju dhatêng tanah Jawi, osikipun sang lêlana saking tanah Indhu.

1. Kinanthi

ing jaman kawarnèng dangu / kang mèh sirna tanpa kanthi / nglanguting tatèng carita / katonton tan anabêti / andika kalawan kula / wus nate samya pinanggih //

myang wus kiwul liru têmbung / rukêt tanduke liron sih / miwah wahyaning kaanan / aran wus sajiwa nunggil / pindha pamoring ngatunggal / makatên purwaning nguni //

maruta ris saking timur / lêpas nyabawa dumêling / raras panguwuh andika / mirakêt amikênani / nênarik sarasèng driya / lumêpas tumibèng têbih //

kang tumimbal nuting [...] / sumamar datan kaèksi / mahawan anèng ngawiyat / sinrang sêsoroting rawi / anyunari tanah Jawa / turut têpining pasisir //

rumêngga sru mawe[...]nyuh / atarap tuwuhing tiris / thêtharikan kang sa[...]stha / klawening asta kumitir / mikênani ing [...]tan / kang tan pêgat mulêt ati //

asruning swarèng panguwuh / mawor kalasangkèng rêsi / kang tiniyup môngka tôndha / ing pêpundhèn candhi-candhi / mahargya ring para dewa / nèng têpining Gangga suci //

sang Maha Bathara Wisnu / tanapi sang Uma Dèwi / kang sipat asta sadasa / sami dhêdhawuh mring kami / hèh hèh nuli rumantiya / tataning palwanirèki //

nuli sabrangna dèn gupuh / sakèh tatèng pangastuti / kang maring jênêng manira / mangkana sang Gangga suci / kang mêngku singêring tirta / ambaludag angêlèbi //

mahambêg srukrôdhanipun / soroh santosaning dhiri / pindha umulunging asta / tumuju ring têba têbih / prapta samodra wetanan / lulus tulus lumastari //

lan saking wiyat rinungu / kang sabawa kalih warni / araras mawa prabawa / kang tumanduk maring kami / wêdharing kang pangandika / sajuga anggung mêmuji //

mring gênging sungkawanipun / narendra rama ing nguni / dene sabda kang sajuga / mangalêmbana sang luwih / ambêg kuwasaning asta / kaloking ngrat pandhusiwi //

tanduking swara kang tuwuh / nuwuhkên adrênging ati / kudu-kudu tumindaka / nimbalakên kang wêwangsit / kang wilêt winor kidungan / mring nuswa wetanan nuli //

nulya wontên swara tungtum / tuwuh sing têlênging nagri / bêbisik kanthi pangajap / mrih mangun gêdhong sukasih / anèng laladan atêbah / ingkang anggung mawèh kèpi //

2. Dhangdhanggula

wimbaning kang surya wanci enjing / amrabani sèsining bawana / maratani mêmanise / punang palwa

--- 643 ---

[Grafik]

Sang Pujôngga Profesor Dhoktor Rabindranat Tagorê (Rabindranath Tagore) sapandhèrèk nalika martamu ing dalêmipun ingkang Sêtedhêodhêr ing Karangasêm.

--- 644 ---

kadulu / wus lumembak anuting warih / kang tirta kawistara / biru angêlangut / mawèh raras suka-suka / myang gênging tyas dening sumiliring angin / tumêmpuh layar seta //

ing nalika palwa kula prapti / manguswa ring têpi nuswa Jawa / ing awiyat sasmitane / gêtêr patêr rinungu / myang rimonging kang widadari / kang ngrêksa wana pringga / katon mangun sêmu / kumitir asri sinawang / riyu-riyu ijêmira maratani / satêbaning sawangan //

duk ing nguni gyan kula kapanggih / lan andika nyarêngi baskara / rêpêt-rêpêt wayah sore / pêpêtêng wus ngêndhanu / anglimputi lumahing bumi / apan nulya kawuryan / sêsorot sumunu / sunaring punang kartika / yèku lintang kawicaksananing budi / pêpitu sung prabawa //

pan tumurun sumunar madhangi / ing têlênging pêpêtêng gumiwang / kang sêpi samun sênêne / nulya pêtênging dalu / pan sumisih sinranging wanci / sirating bang-bang wetan / sorote sumunu / pindha kancana binabar / amadhangi marga ingkang mikênani / dununging pêpanggihan //

yèku marga kang ingambah sami / dening mitra kêkalih kang samya / sêtya sinêtyan sêdyane / sarêngan runtung-untung / kongsi tutug dènnya ngidaki / ing pintên-pintên jaman / mrih sidaning laku / kang ngrasa samarga-marga / anggung anon kaanan ngedap-edapi / miwah mawarna-warna //

3. Asmaradana

dangu-dangu ngasmarani / pêtênging dalu kawuryan / naputi ing têtabête / nglimputi ing kalihira / satêmah pêpisahan / kula lan andika pugut / kapisah ing môngsa-kala //

papan kang kula dunungi / duk ing dangu sêsarêngan / lan andika têmahane / kêtutup myang kêlimputan / lêbu mangampak-ampak / ingkang mawrêdhi umabul / dening rodhanirèng jaman //

miwah robing jalanidhi / kang mêngkoni kasisipan / ambuncang kula wangsule / praptèng têpi praja kula / kang sêpi samun dahat / asta kothong tanpa antuk / lêsah kawisesèng sayah //

pan ugi kang wau dadi / sangajênging wisma kula / kadi bisu upamine / tanpa ngucap pisan-pisan / tan arsa cêcarita / bab panggihan duk ing dangu / kang wus anèng kasamaran //

pun Gangga kang rècèh uni / mêksa tan arsa sajarwa / maring kula kaanane / marga ingkang samar têbah / praptaning bumi mulya / padunungannya rumuhun / kang anèng liya panggonan //

4. Pangkur

ri sampunira kawuntat / tanpa warta kongsi atusan warsi / swara andika kêprungu / dumêling wèh pawarta / nênangi tyas têmah prapta kusung-kusung / sêmbada sawang-sinawang / sêngsêm sapocapan malih //

kalawan parêng kataman / ing cahyaning kang kaelokan luwih / ingkang sumorot umancur / nèng madya wana wasa / kadi nguni duk lagya nêmbe pinangguh / kula datan kasamaran / kalamun kang anêlahi //

yêkti ujwala punika / sunaring kang sêrêng sukaning ati / kang kêdadak têmah tuwuh / saking pangarsa-arsa / kang satuhu mahanani sarwa ayu / kayuwanane ing wuntat / nêtêpi sarasèng ati //

nguni kula lan andika / sami dene liru pratôndha yêkti / mawarni gêgêlang tangsul / kang abrit marakata / môngka [mông...]

--- 645 ---

[...ka] cihna ring supêkêting sadulur / nadyan mangkya tanpa warna / nanging maksih aningsêti //

miwah ingkang marga-marga / ingkang kula ambah sarêngan nguni / maksih kathah tabêtipun / rarasing basa kula / têmah mawèh sêmbadèng mamrih tumutur / kongsi praptèng têlêngira / gêsang andika sayêkti //

ing ngriku punang pawaka / kang ing nguni inguripakên sami / kalawan andika tuhu / duk nuju sirêp arka / anyarêngi kêkalih duk samya tundhuk / sunare maksih kawuryan / tan surêm tabêting nguni //

lah andika umèngêta / maring kula lir èngêt kula yêkti / lan mèngêta tuhunipun / lamun kula punika / jatinira kagungan andika tuhu / kadi kang wus dangu sirna / kantun têtabête nguni //

ananging ta yogyanira / kula miwah andika tiyang kalih / kêdah ngudi ing panggilut / mrih widada katêkan / pulih mangguh kang mèh ical tabêtipun / nulya ambangun kaanan / pindha tumindak murwani //

Ular-ular Kangge Pados Palarisan.

(Candhakipun Kajawèn ôngka 31)

Bab rêrêgèn.

Mênggah sadaya pangajêng-ajêngipun tiyang sêsadean punika, têmtu sagêda angsal bêbathèn ingkang langkung kathah, amila asring wontên tiyang sêsadean, anggènipun nawèkakên barang botên trimah tikêl kaping tiga, katimbang saking mêsthining rêgi, punika gagasanipun inggih saking melik bêbathèn kathah wau. Ingatasipun tiyang tawi punika inggih kenging kemawon, ananging manawi kasangêtên mulukipun, mindhak kajuwara sêsadeanipun sarwa awis, têmahanipun botên sagêd narik kathahipun tiyang tumbas. Mila prayogi tawi ingkang mupakat saha sami kalihan sadean sanèsipun. Dene tumrapipun tiyang bikak toko, prayogi mawi rêrêgèn pêjah, inggih punika rêrêgèn ingkang botên kenging kaawis. Namung kemawon anggènipun mawi rêrêgèn pêjah wau, sampun ngantos awis-awis, liripun inggih kêdah pantês miturut murwating barang. Wondene manawi sampun mawi rêrêgèn pêjah, inggih kêdah têtêp sayêktos, wontêna ingkang ngawis kirang saking sigar dhuwit, kêdah botên dipun sukakakên, amargi mangke mindhak mrèmèn saha dados tuman sami mawi ngawis, ing satêmah lajêng kenging panyakrabawa, manawi sadaya barang sêsadeanipun punika, namung reka-reka mawi rêrêgèn pêjah, nanging sayêktosipun taksih kenging dipun awis. Lah inggih ingkang makatên punika ingkang murugakên maloroding dlajadipun toko. Amila utaminipun satunggal-tunggaling barang sêsadean, prayogi katèmplèkan dalancang ingkang mawi dipun cirèni rêrêgèning barang, prêlunipun ngicali sêmang-sêmanging manahipun ingkang badhe tumbas. Ing sajatosipun jaman samangke punika, raosipun tiyang manawi têtumbas, rêmên ingkang sampun mawi rêrêgèn pêjah, wosipun gampil, botên kêkathahên pamanahan, botên mawi wira-wiri kabêkta saking êntol-êntolan, [êntol-ê...]

--- 646 ---

[...ntolan,] saha botên sumêlang bilih kablondrong. Punapadene tiyang punika kadhingkala asring botên sagêd ngawaki têtumbas piyambak, manawi sampun mawi rêrêgèn pêjah, saèstunipun tiyang botên badhe uwas-sumêlang malih, bilih prêlu kengkenan têtumbas. Mênggah ingkang makatên wau inggih badhe anambahi laris.

Bab nuju manahipun tiyang têtumbas.

Supados manahipun têtiyang ingkang badhe têtumbas punika sagêd katuju, punika tiyang sêsadean kêdah sagêd andhapuk panataning barang sêsadean, ingkang ngantos katingal amènginakên, kaangkakaangkah. sagêda katingal saking sajawining bango, saha kêdah wêkêl anggènipun angrêksa rêsikipun barang ingkang kasade, langkung-langkung ing bango ngriku kasukanana dilah ingkang langkung padhang supadonassupados. anyumbang èdining wêwarnèn barang ingkang kasade. Kajawi punika tiyang sêsadean kêdah mulat dhatêng kawontênaning barang, ingkang sawêg kaprah kalampah, inggih punika ingkang sawêg dados modhèl enggal. Manawi botên ngèngêti dhatêng barang ingkang sawêg dados modhèl, saèstunipun badhe dangu pajêngipun, saupami wontêna ingkang tumbas, purunipun inggih katumbas kalayan mirah, jalaran botên nuju manah utawi botên modhèl. Kajawi punika, katujuning manahipun tiyang têtumabas punika, ugi kenging dipun saranani saking patrap susila, liripun tansah pasang ulat manis, tandang-tanduk, katingal dhanganan. Liripun manawi wontên tiyang ingkang wurung tumbas, sampun ngantos katingal cuwa, malah kapara rinêmbagan kathah-kathah, ingkang supados tamunipun karsa mirsani sadaya barang daganganipun, sanadyan botên tumbas, inggih botên dados punapa. Amargi piyambakipun pancèn angajêng-ajêng saha bingah sangêt, bilih barang daganganipun sagêd kasumêrêpan ingakathah, bokmanawi sanès dintên kagungan prêlu têtumbas, sasampuna sumêrêp, bilih tokonipun inggih nyadhiyani barang ingkang kinajêngakên. Mênggah tiyang têtumbas kataman tanduk susila wau, sampun tamtu kapranan manahipun saha rêmên sangêt, manawi manah sampun rêmên saha kacondhongan, sagêd ugi sanès dintên asring lajêng dados lêngganan.

Nuwun, mênggah sadaya atur kula ing nginggil wau, wosipun kemawon, tiyang pados palarisan punika, mawia sarana lampah ingkang pinanggih ing ngakal, punapadene adhêdhasar kautamèn. Amargi kula inggih nyipati piyambak, wontên sawênèhing koplakan anggèning nuju manahing para têtumbas, sarana ing bangonipun kapurih nêngga kupu malêm, ingkang rinêngga ing busana. Rumaosipun sarana ingkang makatên wau murugakên laris, nanging malah kosokwangsul, jalaran ingkang tumbas namung sakêdhik, inggih punika namung bangsaning tiyang pangglaengan. Sanèsipun tiyang wau sampun tamtu pakèwêd. Manawi dipun manah, tiyang sêsadean mawi cara makatên wau, malah sagêd ugi damêl wisuna, jalaran asring wontên sulayan, ing gang tuwuh awit saking prakawis wanodya wau. Punapa malih koplakan wau inggih lajêng jolokan kaambah tiyang mêndêm. Mêsthinipun danguning dangu kathah tiyang ajrih jajan mriku, sasampunipun makatên lajêng bobrok. Cuthêl.

Darpa.

--- 647 ---

Saksat Grojogan saking langit, ing tanah Priyangan.

[Grafik]

Sabên nuju dintên liburan, kathah para ngenggar-enggar manah ingkang sami dhatêng ing grojogan ngriku, prêlu sami dhahar eca tuwin nêntrêmakên panggalih.

--- 648 ---

Pêpanggihanipun Para Wêwakiling Sêrat Kabar Kalihan Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Guprênur Jendral.

Kala tanggal kaping 7 ingkang kapêngkêr punika, ing pura dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Guprênur Jendral ing Wèltêprèdhên dipun wontênakên pèrêskonpêrènsi, inggih punika pêpanggihanipun kangjêng tuwan ingkang wicaksana kalihan para wêwakilipun sêrat-sêrat kabar. Ing ngandhap punika katrangan sawatawis kawontênanipun rêmbag-rêmbag ingkang sami kausulakên wontên ing ngriku:

Bab wontênipun pèrêskonpêrènsi. Kathah para ingkang anglairakên pamanggihipun botên anyocogi dhatêng wontênipun pèrêskonpêrènsi wau. Ingkang makatên punika tumrap ingkang wicaksana sampun kapanggalih lêrês, ananging angsal-angsalanipun, pèrêskonpêrènsi wau langkung amigunani tinimbang swaraning para ingkang sami angalang-alangi ing ngajêng, namung kemawon pêrslah-pêrslahipun kêdah dipun titipariksa rumiyin. Dene pèrêskonpêrènsi ing ngajêng kadhawahakên benjing tanggal kaping 12 Oktobêr.

Sêdyanipun pakêmpalan P.S.I. Miturut pangandika dalêm ingkang wicaksana, sêdyaning sawênèhipun panuntuning pakêmpalan P.S.I. punika sampun katitipriksa, sarta salajêngipun tansah dipun ulatakên sangêt. Dumugining samangke dèrèng kacêtha, bilih pakêmpalan wau badhe angrisak katêntrêmaning rakyat, amila tumrap pamarentah inggih dèrèng wancinipun anindakakên punapa-punapa. Para residhèn tuwin para bupati ugi sami anguningani, bilih botên kalêrêsan, tindaking pakêmpalan wau sagêd anguwatosi, ananging ingkang makatên wau namung tumrap sawatawis panggenan ing tanah Jawi kemawon, kados ta: ing Priyangan, punika sok wontên pawartos ingkang botên nyakecakakên, ing ngriku wiwit kina mila, pancèn pantês tansah dipun ulat-ulatakên. Mênggah sajatosipun, kenging dipun wastani, bilih rakyat golongan agêng punika taksih wontên ing sajawining pêrgêrakan. Samangke pamarentah badhe ngêntosi kawontênanipun konggrès P.S.I. ing Pakalongan ingkang badhe dipun wontênakên punika.

Kyai Caringin. Mênggah prakawisipun Kyai Haji Asnawi ing Caringin, miturut dhawuh dalêm ingkang wicaksana, pamarentah amanggalih botên utami, upami kyai wau kaparênga wangsul dhatêng Bantên malih. Botên dangu malih badhe kawontênakên karampungan ing bab anggènipun ngalang-alangi wangsulipun Kyai Haji Asnawi dhatêng Bantên.

Dhoktêr Cipta Mangunkusuma. Bab prakawisipun dhoktêr Cipta, sampun wontên pursêtèl badhe anyingkirakên dhoktêr Cipta wau, ananging samangke dèrèng wontên putusan ingkang maton.

Prakawisipun para sêtudhèn Indhonesiyah. Kangjêng tuwan ingkang wicaksana andhawuhakên dèrèng wuninga têrang mênggah sabab-sababipun, dene para sêtudhèn Indhonesiyah, [Indhonesi...]

--- 649 ---

[...yah,] inggih punika para warganing Perhimpoenan Indonesia ing nagari Walandi, dipun urus prakawisipun. Bab punika prayogi sampun karêmbag wontên ing ngriki rumiyin. Dene manawi pangadilan yustisi sampun rampung pamriksanipun, ingkang wicaksana sagah amanggalih, supados angsal-angsalaning papriksan wau kagiyarakên.

Cacahing lid polêksrad pribumi langkung kathah. Alangan-alangan tumrap pranataning paprentahan India, bab badhe ewahipun polêksrad, samangke sawêg katitipriksa.

Kêkiranganipun amtênar pangrèh praja. Bab punika pancèn nguwatosakên. Miturut pangandika dalêm ingkang wicaksana, mila inggih wontên lêrêsipun, ananging kakiranganipun wau namung tumrap amtênar-amtênar ingkang sampun paham dhatêng padamêlanipun. Samangke sawêg karêmbag ngawontênakên pranatan, kadospundi kadadosanipun ing têmbe sagêd kasumêrêpan.

Palapuran angsal-angsalaning papriksan ing Bantên. Bab punika botên watawis dangu sagêd kagiyarakên, samangke kantun ngêntosi adpisipun paduka tuwan guprênur Jawi Kilèn. Satunggal-satunggaling purstèl ingkang kawrat ing sêrat palapuran wau, dipun titipriksa piyambak-piyambak, salêbêtipun nitipriksa wau inggih lajêng ngawontênakên pranatan-pranatan sawatawis. Bab-bab ingkang prêlu dipun wontênakên, samangke sawêg dipun titipriksa dening dhepartêmèn ingkang kawajiban punika.

Bab ewah-ewahaning pranatan guru. Bab punika badhe tumuntên kaêcakakên, kanthi katrangan-katrangan ingkang cêkap, sampun katêtêpakên pranatan-pranatan tumrap bab salakirabi kêlarenên, bab ningkahan, bab kas mêsjid, lan sapanunggilanipun, ingkang suwaunipun dados pradondinipun para kaum muslimin. Kawontênanipun pranatan punika botên jalaran saking anggènipun adpisur Inl. Zaken adamêl konpêrènsi kalihan para panganjuring pakêmpalan bôngsa muslim. Dene ingkang dipun kajêngakên konpêrènsi wau, namung sagêda angsal wawasan satunggal lan satunggalipun.

Pandamêlipun sêrat kabar ingkang ambêbayani. Ewah-ewahan bab anggêr kukum, ingkang sêdyanipun supados angindhakakên dhatêng tindaking sêrat-sêrat kabar ingkang ambêbayani, samangke sawêg dipun taliti dening pokrul-jendhral. Pamarentah samangke sawêg angêntosi katrangan pikantuking pèrêskonpêrènsi sadunya ing Sênèpê (Geneve), murih sagêd angewahi anggêr wêwênangipun para juru ngarang, prêlunipun sagêda angayomi dhatêng pawartos-pawartos ing sêrat-sêrat kabar.

[Iklan]

--- 650 ---

Bab Uwos Saigon.

Candhakipun Kajawèn ôngka 37.

Ing nagari Siyêm ingkang kangge ukuraning sabin punika dipun wastani: re (rai), satunggal-satunggaling re kirang langkung wontên 1600 mètêr pasagi. Limrahipun têtiyang tani ing ngrika satunggal-satunggalipun namung anggadhahi siti wiyaripun 80 ngantos dumuginipun 100 re, inggih lêrês wontên tiyang tani ingkang gadhah siti langkung saking samantên ngantos 200 re wiyaripun, ananging punika namung siti ingkang sae papanipun sarta ingkang botên patos adamêl kangelan sangêt-sangêt tumrap têtiyang ingkang anggarap siti wau. Dene ing papan-papan ingkang sitinipun kirang loh, limrahipun tiyang tani satunggal-satunggalipun namung anggadhahi siti botên langkung saking 30 utawi 40 re. Têtanêman ingkang agêng-agêng wontên ingkang wiyaripun ngantos 10.000 re, namung ingkang langkung saking samantên, punika awis sangêt.

[Grafik]

Ministêr bab têtanèn dipun pikul, dipun garubyug ing têtiyang ambêkta dêdamêl.

Dene rêgining siti, punika gumantung dhatêng kawontênanipun toya ingkang ngoncori siti wau. Kados ta: siti-siti ingkang dunungipun wontên ing saurutipun lèpèn Mênam, inggih punika satunggiling lèpèn ingkang agêng piyambak ing tanah Siyêm, sarta sabên taunipun tansah bêna, ngantos toyanipun sagêd ngêlêbi siti-siti wau, punika dipun rêmêni sangêt dening para tani, amargi siti-siti wau loh sangêt, saha môngsa dhawahing bêna wau kenging katêmtokakên. Saking lèpèn wau lajêng kadamêlakên susukan pintên-pintên dhatêng ing pundi-pundi panggenan, ngantos anjalari siti-siti ingkang dunungipun têbih saking lèpèn Mênam dados tumut loh.

Mênggah pranatanipun nanêm pantun ing tanah Siyêm lan ing India ngriki punika botên wontên bedanipun, inggih punika wontên ing pasabinan, parêdèn saha patêgilan, makatên ugi kewan ingkang dipun pigunakakên kangge madamêl, punika ing tanah Siyêm ugi maesa, dados inggih [ing...]

--- 651 ---

[...gih] botên beda kalihan ing ngriki.

Saban wiwit môngsa jawah, inggih punika ing têngahanipun wulan Mèi, limrahipun ing tanah Siyêm dipun wontênakên karamean ingkang dipun wastani: karamean reknah, mênggah wontênipun karamean wau, kangge angurmati badhe wiwitipun anggarap sabin. Ing jaman kina-kinanipun, wontên ing karamean ngiku, ingkang amiwiti anggarap sabin inggih sang nata piyambak, prêlunipun nyuwun brêkah dhagêngdhatêng. para dèwa, ingkang anguwaosi bab têtanèn. Miturut kapitadosanipun tiyang Siyêm. Manawi para dèwa sami rêna ing panggalihipun, sang nata mêsthi lajêng angsal wangsit ingangingkang. anêdahakên, badhe pamêdalipun têtanèn ingkang sawêg dipun garap wau.

Kintên-kintên 3 utawi 400 taun ingkang kapêngkêr punika, upacaraning karamean kasbut nginggil wontên ewahipun sakêdhik, inggih punika miturut cêcariyosanipun para ingkang sami ngumbara ing tanah Siyêm ing jaman rumiyin. Ing janjaman. rumiyin sang nata piyambak ingkang kawajibakên nindakakên upacara punika, samangke sang nata dipun wakili dening ministêr bab têtanèn. Ingkang makatên wau, pangkat ministêr têtanèn ing Siyêm, punika jatosipun satunggiling pangkat luhur, wontên ing ngrika agêng sangêt têtanggêlanipun, amargi manawi têtanêmanipun botên kalêrêsan, punika ingkang dipun lêpatakên botên sanès inggih ministêr têtanèn wau. Ministêr têtanèn wau botên ngêmungakên kêdah ananggêl dhatêng kasaenanipun sadaya têtanêman, ananging kêdah ananggulangi dhatêng tindaking sadaya para dèwa ingkang badhe adamêl botên saening têtanêman, inggih punika: dèwa ingkang nguwaosi bumi, toya lan awang-awang.

(Badhe kasambêtan)

[Grafik]

Glodhog asipat nyawa. Gambar ing sisih punika gambaring tiyang ingkang badanipun kêbak kangge pondhokan tawon. Tawon ingkang manggèn ngantos langkung 8000.

--- 652 ---

Budidaya Anyarasakên Lare Sêkolah.

[Grafik]

Nginggil punika gambaripun para lare sêkolah ingkang sami dipun adani dening pakêmpalan Ons huis ing Amsêtêrdham, katirahakên wontên panggenan sajawining kitha ingkang sae hawanipun. Ing ngriku lare-lare katingal sawêg sami sinau anggraji kajêng.

Sampun sawatawis dangu ing Amsêtêrdham, nagari Walandi, wontên pakêmpalan nama: Ons huis, ingkang sêdyanipun ambudidaya, murih kasarasaning lare sokolah sarana sabên kala-môngsa dipun tirahakên dhatêng satunggiling panggenan ingkang hawanipun sakeca. Dene wontênipun panggenan ngriku, lare-lare wau sampun dipun sadhiyani griya ingkang agêngipun anyêkapi, punapa malih pakaranganipun ugi wiyar. Manawi pinuju para lere-lare sêkolah punika sami kalêrês dipun tirahakên mriku, lare-lare wau namung sami kapurih anyênêng manahipun, ingkang anuntuni dhatêng kasarasaning badan. Sanadyan makatêna inggih mêksa kanthi dipun ulat-ulatakên dening salah satunggiling tiyang ingkang kapatah angrêksa kawilujênganing para lare wau. Mênggah pratikêl ingkang makatên punika saèstu anocogi sangêt dhatêng lampahing gêsang ingkang kêdah asontan-santun hawa, awit para maos tamtu sampun sami angudanèni, bilih sabên-sabên ing kitha agêng punika hawanipun tamtu kirang sae, jalaran saking kathahing kawontênan: oto, kreta, grobag, lan sasaminipun, dados manawi para lare-lare sêkolah ingkang prêlu ngindhakakên sêsêrapan utawi pangajaranipun saking guru, môngka manawi kalêrês pinuju môngsa bêntèr utawi môngsa ingkang kirang sakeca, saupami lare-lare wau botên dipun jagi kasarasanipun, ing ngriku tamtu lajêng anuwuhakên kiranging kasarasan lan kamajênganipun anggèning sinau, amila prêlu sangêt para lare wau kangge sawatawis môngsa dipun tirahakên dhatêng panggenan-panggenan ingkang sakeca hawanipun. Mênggah wohing budidaya makatên punika agêng sangêt pigunanipun tumrap kasarasan tuwin kamajênganing lare, amila ngantos dumugi samangke pakêmpalan Ons huis kasbut nginggil, sabên taunipun botên kêdhat tansah angintunakên lare [la...]

--- 653 ---

[...re] dhatêng panggenan-panggenan sajawining kitha ingkang sae hawanipun.

Sarèhning pakêmpalan Ons huis ing nagari Walandi punika têtela murakabi sangêt dhatêng kasarasaning lare, pramila ing tanah India ngriki ugi wontên pakêmpalan-pakêmpalan ingkang dipun namakakên: Kindervacantie Kolonie ing Salatiga tuwin ing Sukabumi. Dene lare-lare ingkang sami dipun budidaya dening pakêmpalan-pakêmpalan wau, ing sakawit namung tumrap lare anakipun tiyang miskin, dangu-dangu para anakipun tiyang ingkang kacêkapan inggih dipun tumutakên dhatêng pakêmpalan wau, nanging mawi urun arta sakadaripun. Wiwitanipun pakêmpalan Kindervacantie Kolonie punika namung anyadhiyani lare-lare bôngsa Eropah kemawon, kabaripun samangke pakêmpalan Kindervacantie Kolonie ing Sukabumi sumêdya nyuwun subsidhi dhatêng nagari, saha salajêngipun badhe nampèni lare-lare anakipun sadhengah bôngsa, (dados ing têmbe pakêmpalan Kindervacantie Kolonie botên ngêmungakên budidaya dhatêng kasarasaning lare-lare Eropah kemawon, ananging ugi lare-lare pribumi, lumayan).

Nitik gênging kaprêluan ingkang sampun kasat-mata punika, punapa botên langkung utami, saupami bôngsa kula Jawi piyambak, kêrsa tiru-tiru angadani budidaya ingkang saklangkung amurakabi dhatêng kamajênganing lare punika.

[Grafik]

Lare-lare sami anyênyênêng manahipun para nanumpak egrang.

Botên langkung Kajawèn tansah andêdonga, mugi-mugi wontêna katarbukaning panggalihipun para panuntuning pakêmpalan-pakêmpalan ingkang sami ngudi dhatêng kamajênganing tanah Jawi saha têtiyangipun, kados ta: Pakêmpalan Muhamadiyah, Parte Sarekat Islam, Budi Utama, Taman Siswa, Arjuna Sêkhul, lan sasaminipun, karsaa lajêng cancut ataliwanda, angadani adêgipun pakêmpalan ingkang makatên wau.

--- 654 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng.

Bab Tulung Mênthung.

Garèng : Wathathithah, Truk, kowe mêntas nêmoni apa, cahyamu kathik sumringah, manthêr kaya pancuran kêbumpêtan, apa mêntas kabêgjan olèh-olehan anggonmu nyêbrot ana ing Pasar Gambir, apa mêntas mênang anggonmu pasang dhadhu, sajake têka mèsam-mèsêm kaya wong sing kabêbêlên.

Petruk : Pandakwamu yèn aku sok nyêbrot, kuwi ora bênêr babarpisan, aku mung sok nitipake baranging lyan nyang omah pagawean kanthi kalalèn ora nêmbung marang sing duwe dhisik. Mungguh anane aku olèh kabêgjan, kuwi mula ya nyata, amarga saiki aku olèh marga bisane duwe pawitan kanggo ngingu iwak gramèh kaya kang kocritakake kae.

[Grafik]

Garèng : Sukur, ta, sukur, yèn kowe wis olèh dalan bisane duwe pawiwitan, aku mèlu andongakake, têmtune yèn ana bêgjamu, saora-orane sadulur tuwa ya olèh rebelan. Mara critakna nyang aku, kapriye dalane kowe bakal olèh pawitan kuwi.

Petruk : Kowe rak iya wêruh, ta, ngarêpe omahku kae diênggoni wong Arab, kabare dhêmên bangêt têtulung marang wong sing lagi kasangsaran utawa kakurangan. Lha, lagi dina Minggu kang kapungkur kiyi, aku nêmbung nyuwun tulung pawitan mênyang dhèwèke.

Garèng : Yah, atiku kok banjur rada uwas, sabab lumrahe anakane sok abot bangêt. Ananging mara critakna nyang aku, kapriye panêmbungmu nyang wong Arab mau.

Petruk : Utang mrono kuwi ora nganggo anakan, marga dadi larangane agama, dene panêmbungku nyang wong Arab kuwi cara Mlayu, amarga ora bisa cara Jawa babarpisan, apa ya kudu tak tirokake omong cara Mlayu.

Garèng : Luwih bêcik tirokna bae kaya anggonmu rêmbugan kae, yèn cara Mlayu ya tirokna cara Mlayu, prêlune aku bèn bisa wêruh karêpe Arab mau kanthi gamblang.

Petruk : Ya bêcik ta, mung bae yèn ana kliruku, aja digêguyu, marga cara Mlayuku kiyi ora pati ganêp, rungokna ya, mangkene panêmbungku: Tuwan, sayah ini sêkarang dhalêm kêsusahan bêsar sêkali, kabarnyah tuwan suka tulung sêsamanya mênusiyah, nèk-nèke tuwan mao tulung orang yang baru têrbayang-bayang sêpêrti saya ini.

Garèng : Wadhuh Truk, anggonmu cara Mlayu kathik [kathi...]

--- 655 ---

[...k] kêpenak têmên, anggone las-lasan nganti kaya Dèwi Wara Sêmbadra. Banjur, kaprilekapriye. wangsulane tuwan Arab.

Petruk : Lho, kuwi mangkene: Pêtul, pêtul, saya memang orang faik, suka tulung, mao finjêm afa, farang, fulus, sêmuwa adha. Krungu wangsulan mangkono mau, atiku rasane mak nyês, aku banjur pitakon: opamanya pinjêm 100 rupiyah, apa bolih, dhan bagimanah pambayarane. Wangsulane tuwan Arab: Folih, folih, fêmbayaran ghafang, folih fayar 10 kali, sêfulannya f 12.50.

Garèng : Dadi cêthane kuwi, kowe utang f 100 anggone ambalèkake f 125 klêbune iya ora pati abot.

Petruk : Mêngkosik rungokna aja kêsusu, omonge tuwan Arab mau isih ana buntute mangkene: Orang tinggal romah orang, musti fayar sewa, orang fake owang orang, juga musti fayar sewa, safên fulan musti fayar sewa owang saya f 12.50.

Garèng : Êmbok, êmbok kuwi arane rak nêkêk gulu têmênan, pambayarane pokok f 125.-, sabên sasine ambayar sewan f 12.50 dadi manawa panyicilmu ajêg sabên sasi, utangmu f 100 mau, kowe kudu ambalèkake f 250.- lanèk ana sasi sing lowong, amarga ana alangan kowe banjur ora bisa nyicil, mêsthine sewane ya têrus bae, dadi yèn ora kabênêran, utang f 100.- mau bisa dadi f 400.- utawa luwih, kuwi arane: kowe rak arêp dikêlèti dening Arab mau, nèk arêp golèk utangan rak luwih bêcik nyang ngêbangan bae, pambayarane ènthèng, anakane mung sathithik.

Petruk : Mèngklèkmu, bisaa masa bakala aku arêp sojah kuwi karo tanggaku si Arab kae. Kapriye anggonku bisa utang nyang ngêbangan, sing kanggo tanggungane bae apa, omah ora duwe, mas intên ora kècrèt, duwe jarit siji, coba tak gadhèkake mung diênyang têlu tèng. Dene yèn duwe barang sing kêna kanggo tanggungane, olèhe dhuwit utangan ya sok ora jangkêp, amarga kapêksa kudu ngujuri mas lu...

Garèng : Wis, wis, kok banjur kêdawa-dawa. Ambalèni wong tukang motangake dhuwite kang kanthi anakan sing sak hohah-hohah, apa kira-kirane nagara ora bisa ngalang-alangi lêlakon kang mangkono kuwi.

Petruk : Lho Rèng, apa kowe ora wêruh, yèn jaman saiki kiyi diarani jaman kêrtas, mungguh karêpe mangkene: apa bae sing wis kacêtha ing kêrtas kuwi ya wajib digugu, upamane bae ana wong bodho, kêsèd, lan sapadhane, ananging duwe kêrtas sing nyêbutake wêton pamulangan, ha, ba, sa, nèk golèk pagawean, ya banjur bae olèh blanja sathekruk, ananging pintêra kaya ngapa, ananging ora duwe kêrtas apa-apa, ya kudu nrima diblanja sacêpèng. Kang mangkono mau mêsthi ya disumurupi ing wong tukang ngutangi dhuwit, sing bangêt kêjême mau, ana ing kêrtase - jarene kuwi diarani asèptasi - disêbutake utange ana f 250- ananging sing utang tampane mung

--- 656 ---

f 100- dadi ing têmbe yèn nganti dadi prakara, tumêkane pangadilan, sing utang ya wis mêsthi bakal dadi karang abang, amarga ing kêrtas kono cêtha wela-wela, pira kèhe utange. Hara, kapriye anggone nagara bisa ngalang-alangi lêlakon sing bangêt anggone bisa e kuwi.

Paribasan.

Amituruti wara-waranipun rêdhaksi Kajawèn: kaparêng amaringi papan sawatawis, kangge ajanging pangrêmbag utawi katranganing: paribasan. Saking kumacèluning manah kula, kêpêksa kula wani ngatingalakên sêsêrêpan kula bab paribasan wau, inggih sanadyan têmênipun saking anggèn kula grèsèk-grèsèk utawi namung tiru-tiru, jalaran ing batos angèngêti dhatêng prêluning ngindhakakên sêsêrêpan. Dene pikantukipun anggèn kula grèsèk-grèsèk wau paribasan: Kaya tak adol biting.

Mênggah paribasan ingkang makatên punika, ing sadèrèngipun kula angsal sêsêrêpan, ngantos judhêg pangothak-athik kula mêksa botên sagêd anêgêsi pikajêngipun, wusana saking sangêtipun ing pangudi kula, parmaning Allah, lajêng wontên salah satunggiling sarjana ingkang karsa paring katrangan têgêsipun paribasan wau, makatên:

Paribasan: kaya tak adol biting, punika sampun têmbung kêlantur, lêrêsipun: kaya tak andon biting.

Tak, pikajêngipun: Kapitan Tak, ingkang kasêbut wontên ing babad Kartasura pêrang tandhing kalihan Untung Surapati, adol biting, pikajêngipun: andon biting (bètèng), inggih punika nalika Kapitan Tak dados pangagênging bètèng.§ Bètèng kraton Kartasura.

Nalika Kapitan Tak dados pangagênging bètèng wau, paprentahanipun dhatêng tiyang alit, (tiyang bumi) sakalangkung kêras sangêt. Dados sabên wontên paprentahan utawi wêwatêkaning tiyang ingkang kêras sangêt, lajêng dipun paribasakakên: kaya tak adol biting, utawi lêrêsipun: kaya tak andon biting.

Wusana kula sumôngga.

Pun: Sa.

[Iklan]

--- 657 ---

KRONIEK

Kabar Warni-warni.

Pêthikan saking sêrat kabar sanès.

Kala tanggal kaping 31 Agustus ingkang kapêngkêr punika, kalêrês dintên wiyosan dalêm kangjêng sri maharaja putri, wontên pasakitan 6400 ingkang kasuda ukumanipun, inggih punika antawisipun 3 wulan dumugi 1 taun.

Saking Ngayogyakarta kawartosakên: benjing salêbêtipun wulan Nopèmbêr ngajêng punika, Pakêmpalan Muhamadiyah badhe ngintunakên salah satunggiling warga pangrèhipun angadhêp dhatêng paduka tuwan dhirèktur ondêrwis, prêlunipun angrêmbag bab pangajaran saha agami tumrap têtiyang pribumi. Kintên-kintên ingkang badhe kapilih dados wakiling pakêmpalan wau: Tuwan Sasra Sugônda.

Wontên kabar, bilih up bêstiring Pakêmpalan Walfajri sampun adamêl putusan botên badhe campur kalihan babagan pulitik. Kadosdene Pakêmpalan Muhamadiyah, pakêmpalan wau ngêmungakên badhe ngudi dhatêng agami, ananging para warganipun botên badhe dipun awisi lumêbêt ing pakêmpalan pulitik.

Aneta martosakên, bilih dèrèng dangu punika, mêntas wontên sêrat kêkancingan malih, ingkang amratelakakên pambucalaning komunis sawatawis dhatêng Dhigul, inggih punika: 3 asli Bantên, lan 13 asli saking Banyumas.

Dèrèng dangu punika, Raad van Indie dipun pangarsani kangjêng tuwan ingkang wicaksana guprênur jendral, ngawontênakên parêpatan, ingkang karêmbag wontên ing ngriku, pawartos-pawartos ingkang gêgayutan kalihan glagatipun satunggiling pakêmpalan, ingkang anyalawadi saha anguwatosi. Putusing rêmbag badhe angwontênakên pranatan ingkang ing têmbe sagêd angalang-alangi sêdyaning para panuntunipun pakêmpalan wau.

Pulisi ing Ngayogyakarta samangke sawêg ribut ngupadosi tiyang nama: Radèn Pringgawijana, tilas asistèn panji, ingkang miruda lan kadakwa angapusi arta gadhahanipun satunggiling bôngsa Tiyonghwa ingkang botên sakêdhik.

Saking ManasarMakasar. Aneta martosakên: Ing ondêrnèmêng Pungkol bawah Mênadho, wontên salah satunggiling mandhor bôngsa Mênadho kadakwa nahan saha anganiaya kuli-kuli ing ondêrnèmêng kasbut nginggil. Miturut katranganipun administratur ngriku, ing sarèhning kathah sangêt kuli ingkang sami miruda, administratur wau suka palilah dhatêng mandhor wau, supados ing wanci dalu kuli-kuli kajagia dening kuli-kuli sanèsipun, mênggah tindaking mandhor salajêngipun, administratur wau botên nyumêrêpi.

Wontên pawartos, ing wêkasaning wulan punika, Pakêmpalan Muhamadiyah badhe ngintunakên wakilipun dhatêng Sumatrah, Makasar lan Borneo, prêlu supados anjêmbarakên agami Islam.

Wontên kabar, ing wêkasaning wulan punika, sampeyan dalêm ingkang sinuhun ing Surakarta badhe têdhak ing Yarmarêk ing Surabaya. Wontên ing ngrika badhe anyare wontên ing hotèl Oranje, dene pandhèrèk dalêm wontên ing hotèl Ngêmplak. Kamar lusmèn ingkang kasewa sadaya wontên 20.

Kala malêm Kêmis ingkang kapêngkêr punika, ingkang wêdana pulisi ing Batawi, Tuwan Naipin, wontên ing Molênplit, Wèltêprèdhên katubruk motor taksi, ingkang lampahipun saklangkung rikat, ngantos dhawah sumaput, samangke dipun pulasara wontên ing griya sakit. Dene supiring motor taksi wau bôngsa tiyang pribumi, samangke sampun kacêpêng ing pulisi. Supir wau têtela botên gadhah sêrat katrangan kenging mlampahakên motor.

Kala tanggal 9 Sèptèmbêr ingkang kapêngkêr, Pakêmpalan Muhamadiyah ing Malang ambikak griya sakit enggal kanthi upacara kados ngadad.

Kala dintên Sêtu tanggal kaping 10 Sèptèmbêr ingkang kapêngkêr punika, ing griya pakunjaran Cimahi saèstu andhawahakên ukuman gantung dhatêng tiyang komunis têtiga. Dene kala ngukumipun gantung wau dipun jênêngi dening paduka tuwan residhèn ing Priyangan sisih wetan, ingkang bupati saha amtênar-amtênar pangrèh praja sawatawis lan pulisi. Sadèrènging ukuman gantung kadhawahakên, ingkang kalih anggadhahi panuwunan sumêdya pamit dhatêng sanak-sadhèrèkipun, dene satunggalipun malih nama: Hasan Bakri, sarêng tangsulipun gantungan sampun kaêtrapakên ing gulunipun, ambêngok ngantos rambah kaping kalih: hidhuplah komunis, sasampunipun ukumanipun lajêng kadhawahakên.

Dintên Sêtu ingkang kapêngkêr punika, kintên-kintên jam 8 enjing, kangjêng tuwan ingkang wicaksana guprênur jendral tindak saking Tanjung Priyuk dhatêng Maluku.

--- 658 ---

Wontên pawartos, bilih angsal-angsalaning Pasar Gambir ing Batawi ingkang kapêngkêr punika, kirang langkung wontên f 99.800.- manawi kasamèkakên kalihan angsal-angsalanipun ing taun kapêngkêr, angsal-angsalanipun kaot f 1000.- kathah ing taun ingkang kapêngkêr punika.

Saking Bandhung kawartosakên: angsal-angsalanipun pakaryan S.S. ing wulan Agustus taun punika f 7.414.000.- ing wulan Agustus ing taun ingkang kapêngkêr f 6.700.000.-

Kala tanggal kaping 9 Sèptèmbêr ingkang kapêngkêr punika saking Surabaya kawartosakên: enjing punika jam 8 ingkang Minulya Paduka Tuwan Dr. Rabindranath Tagore mandhap saking kapal Van Neek wontên ing palabuhan Surabaya, kapêthuk dening têtiyang Indhu kirang langkung wontên tiyang 50. Salajêngipun nuntên tindak dhatêng dalêm Mangkunagaran ing Palmênsêtrat kanthi kadhèrèkakên dening Tuwan Suyana. Sontênipun jam 5 kathah para ingkang sami amanggihi Tuwan Dr. Tagore wau, kirang langkung wontên tiyang 200.

Kabaripun Ingkang Minulya Tuwan Prof. Dr. Tagore tanggal 15 punika tindak dhatêng Surakarta, wontên ing ngrika kintên-kintên ngantos dumugi tanggal 21 Sèptèmbêr.

Jalaran saking panuwunanipun para têtiyang Indhu ingkang sami dêdunung wontên ing tanah India ngriki, supados salajêngipun sampun ngantos dipun wastani têtiyang kêling. Amargi nama wau angêmu raos ingkang botên nyakecakakên dhatêng piyambakipun, amila pamarentah lajêng anyêbar sêrat aparing priksa, murih salajêngipun ing sêrat-sêrat opisil, têtiyang Indhu wau kasêbuta: Voorlndiers.

Miturut sêrat kêkancingan presidhèn pangadilan justisi kala tanggal 8 Sèptèmbêr, kadhawuhakên supados Tuwan J. de Jeer ingkang kadakwa dados adpisuring para militèr ingkang dados warganing pakêmpalan nyalawadi ingkang gadhah sêdya badhe adamêl rêrêsah, kapriksa ing griya sakit tiyang ewah ing Bogor laminipun 6 wulan.

Wontên kabar, bilih para haji ingkang kacêpêng dening pamarentah Ijas saha kawêdalakên saking karajan ngriku, amargi gêgayutan kalihan pakêmpalan komunis, sampun dumugi ing palabuhan Tanjung Priyuk numpak kapal Singkep. Têtiyang wau lajêng enggal kacêpêng saha dipun tahan wontên ing griya pakunjaran ing Glodhog, kintên-kintên têtiyang wau ugi badhe kasingkirakên dhatêng Dhigul.

Saking Sawahlunta kawartosakên: sanajan pangadilan landrad ing ngrika sampun mriksa prakawis komunis kathah sangêt, ewasamantên samangke taksih wontên pasakitan kirang langkung 1200 ingkang dèrèng kapriksa prakawisipun. Kajawi punika pangadilan wau sapunika taksih amriksa prakawis raja pêjah kala tanggal 3 Januari 1927, ingkang anjalari nahan tiyang 8 wontên ing griya pakunjaran ing Silungkang, jalaran kônca-kancanipun sumêdya angalang-alangi, sampun ngantos wadosing para kaum rêrêsah kawêdhar.

Kawisudha dados dhoktêr ing karaton dalêm ingkang sinuhun ing Surakarta: Radèn Mas Dr. Sumadilaga, ingkang suwau dados dhoktêr gupêrmèn. Wiwit tanggal 1 Sèptèmbêr punika Radèn Mas Dr. Sumadilaga sampun wiwit nindakakên padamêlanipun enggal.

Aneta martosakên, bilih tilas mantri griya sakit ing Wèltêprèdhên nama: Suparman, benjing tanggal 3 Oktobêr ngajêng punika badhe kaadhêpakên ing pangadilan landrad ing Batawi, amargi kadakwa salingkuh prakawis arta. Kala dipun priksa ingkang kapisanan Suparman wau anyariyosakên warni-warni bab pangurusipun griya sakit ingkang rumiyin-rumiyin, ingkang anjalari dipun wontênakên papriksan mawi dipun pangajêngi dening pangagênging militèr, ing wusana papriksan wau botên angsal damêl babarpisan.

Saking nagari Walandi kawartosakên, bilih Tuwan T. Mr. Cohen, tilas komisaris tumrap ewah-ewahaning paprentahan, dening nagari kapatah dados panuntunipun ingkang bupati ing Bandhung saha Tuwan Dr. Madjolelo, inggih punika salaminipun prayagung kêkalih wau wontên ing nagari Walandi.

Aneta martosakên saking Sabang, bilih kala malêm Minggu ingkang kapêngkêr, kintên-kintên jam 11 ing ngrika wontên lindhu agêng, tujunipun botên adamêl karugian punapa-punapa.

Sêrat kabar A.I.D. mirêng pawartos, bilih Tuwan Cakra Aminata badhe katarik ing pangadilan, jalaran kenging sêprikdhelik kala adamêl parêpatan wontên ing Cianjur.

Nyarêngi grêbêg ingkang kapêngkêr punika, pangrèh agêng P.N.S. (pakêmpalan guru normal sêkul), damêl konggrès mirunggan wontên ing Islamiyah. Parêpatanipun kadamêl winados. Kabaripun ingkang karêmbag namung saêbab, inggih punika prakawis bayar.

Pakêmpalan tunggil damêl ngrika-ngriki sapunika ugi sawêg sami ancasipun nêdha indhakan bayar. Ananging sajakipun botên patosa dipun gatosakên kalihan panginggilan, mila namung gumantung warganipun.

Tuwan Kruys kongsul Bèlgi ing Surabaya sarta dhirèktur kultur Mij. Kandhangan, sami numpak baita Plan Siyus, ing Batawi, kala tanggal 6 Sèptèmbêr punika kasumêrêpan ical botên kantênan. Dene sandhanganipun taksih sami wontên salêbêting kamaripun piyambak.

--- 659 ---

FEUILLETON

Lêlampahanipun Prabu Tristan lan Putri Isolde.

18

Kacariyos, kala samantên miwiti môngsa asrêp. Prabu Tristan, sang putri tuwin Corneval sami manggèn ing salêbêting guwa, margi ing jawi asrêp sangêt. Ron-ronan ingkang kangge lèmèking patilêmanipun inggih sami asrêp sangêt kados ès, nanging saking gênging katrêsnanipun ngantos botên angraosakên kasangsaraning gêsangipun wau. Sarêng sampun miwiti môngsa bêntèr malih, Prabu Tristan lajêng adamêl griya alit, wontên ing sangandhaping kajêng agêng. Dene ingkang kadamêl inggih pang-panging kêkajêngan ing wana ngriku. Kala timuripun Prabu Tristan sagêd anirokakên ungêling pêksi-pêksi ing wana. Pramila ing samôngsa-môngsa manawi pinuju sami wontên ing griya, Prabu Tristan lajêng anyuwara kados pêksi-pêksi ing wana ngriku. Botên antawis dangu pêksi-pêksi ingkang mirêng swaranipun Prabu Tristan inggih dhatêng, sami mencok ing griya wau, swaranipun rame sangêt, sakeca kapirêngakên. Wiwit kala samantên Prabu Tristan sakancanipun botên pindhah-pindhah panggenan kados ingkang sampun-sampun, awit para baron tuwin para satriya ing Cornwallis botên wontên ingkang wani angupadosi panjênênganipun dhatêng salêbêting wana ngriku.

Anuju ing satunggiling dintên, baron Guenelon mêngsahipun Prabu Tristan ingkang gêthing sangêt saha awon sangêt manahipun wau, kalihan kônca-kancanipun ambêbujêng dhatêng sapinggiring wana ing Morois. Kala samantên Corneval inggih pinuju lêledhang wontên sapinggiring lèpèn, botên têbih saking panggenan anggèning ambêbujêng baron Guenelon. Abah-abahaning kapalipun dipun rucati, sarta lajêng dipun culakên ing ngriku, amargi kathah rumputipun lêma-lêma. Dene Prabu Tristan lan sang putri sami kantun wontên ing griya. Sami angeca-eca tilêm. Botên antawis dangu Corneval mirêng jugugipun sagawon pambujêngan. Saking katêbihan katingal wontên sangsam kaoyak ing sagawon kathah. Sangsam lajêng anjêgur ing lèpèn urutipun panggenaning lêledhang Corneval wau. Botên antawis dangu malih saking ing ara-ara wontên gêrma satunggal numpak kapal, angêtut lampahing sagawon-sagawon punika. Dangu-dangu têtela bilih gêrma ingkang tanpa rencang wau baron Guenelon mêngsahipun Prabu Tristan. Corneval nuntên sêsingidan wontên ing sawingkinging kajêng agêng, sarta angliga pêdhangipun. Sarèhning kapalipun kasandêrakên botên antawis dangu baron Guenelon dumugi ing salêbêting wana. Kapalipun anyoklang nglangkungi panggenanipun sêsingidan Corneval. Ingkang sêsingidan enggal lumumpat anyakêti sarta anyandhak kandhalining kapal wau, sarta enggal anamakakên pêdhangipun dhatêng ingkang numpaki Guenelon pêjah kapisanan, layonipun gumalèthak ing siti. Sirahipun lajêng dipun pocok dening sang Corneval, kabêkta mantuk dhatêng satêngahing wana kangge angsal-angal. Sadumuginipun ing griya, Prabu Tristan lan sang putri sawêg sare. Corneval lumêbêt ing griya alon-lonan. Sirahipun baron Guenelon lajêng dipun gandhulakên ing salah satunggiling saka griya, kinubêng ing ron-ronan minôngka gêgubahanipun sêkar, dene pikajêngipun adamêl bingah manahing bêndaranipun wau. Sarêng Prabu Tristan wungu kagèt sangêt amriksani sirahing mêngsahipun, enggal mênyat saking ing pasareanipun. Corneval nuntên matur: Dhuh, satriya, mugi sampun kuwatos, Guenelon sampun pejah, kataman ing pêdhang kula, wontên ing sapinggiring wana punika.

Kacariyos para gêrma kônca-kancanipun baron Guenelon sarêng sumêrêp gêmbunging baron Guenelon gumalèthèk wontên ing sangandhaping kajêng agêng, enggal sami lumajêng wangsul dhatêng ing kitha, margi sami ajrih. Rumaosipun binujêng ing Prabu Tristan. Wiwit punika têtiyang ing Cornwallis botên wontên ingkang wani ambêbujêng dhatêng ing wana Morois, pramila wana wau prasasat kawêngku dening Prabu Tristan piyambak. Prabu Tristan kagungan jêmparing yasanipun piyambak, kanamakakên Kyai Sipatkêna, margi manawi kangge anjêmparing punapa kemawon, kewan utawi tiyang sampun tamtu kengingipun. Kala samantên pinuju môngsa bêntèr, anuju satunggiling dintên Prabu Tristan kesah ambêbujêng piyambakan, angasta jêmparing Kyai Sipatkêna, saha anganggar pêdhangipun. Ing dintên punika badhe wontên lêlampahan ingkang anjalari susahing manahipun ingkang sami tansah sih-sinisihan. O, para maos sayaktosipun botên wontên tiyang kasangsaran kados Prabu Tristan lan Sang Putri Isolde punika, jalaran saking anggènipun sami anglabêti katrêsnan. Ing wanci siyang sarêng Prabu Tristan wangsul saking anggènipun ambêbujêng, kapapagakên dening sang Putri Isolde kados ingkang sampun-sampun.

Pangandikanipun sang putri: Dhuh, mitra, sampeyan saking pundi, dene katingal sayah sangêt.

Prabu Tristan amangsuli: Kula saking kesah ambêbujêng sangsam, nanging sangsam wau sakalangkung kêsit. Badan kula karaos sayah sangêt, pramila kula kêpengin tilêm.

Kalih-kalihipun sami lumêbêt ing griya, nuntên mapan tilêm, tanpa acucul pangangge. Aggènipun tilêm jèjèr, kaêlêtan ing

--- 660 ---

pêdhang ligan. Sang putri anggènipun sare abantalan [...]nipun Prabu Tristan. Angagêm sêsupe êmas [...] mripat jamê[...] pêparingipun Prabu Marc nalika pangantenan, nanging ing sarèhne sariranipun kêra sangêt, sêsupenipun inggih logro. Soroting surya ingkang mlêbêt ing griya mêdal sasêla-sêlaning ron-ronan ingkang minôngka payoning griya nyoroti pasuryanipun sang putri, ingkang katingal pêthak kumilat kados ès.

Anuju satunggiling dintên, mantri wana mrangguli tilasing tiyang wontên ing pasukêtan, ing salêbêting wana wau. Dene tilas punika sayaktosipun tilasipun Prabu Tristan lan Putri Isolde kala winginipun, nalika sami kèndêl ing ngriku. Nanging mantri wana botên sumêrêp bilih tilas wau tilasipun Prabu Tristan, lajêng dipun turut, satêmah dumugi ing griya alit pinging. têngahing wana. Ing ngriku mantri wana sumêrêp Prabu Tristan lan sang putri sami sawêk sare. Pramila enggal lajêng wangsul dhatêng kitha gêgancangan, awit ajrih bok bilih Prabu Tristan kasêlak wungu ambujêng piyambakipun. Anggènipun lumajêng sipat kuping, ngantos kenging kaupamèkakên lonjong mimis. Sarêng dumugi ing kitha enggal lumêbêt dhatêng ing karaton, sowan ing ngarsanipun sang prabu. Kala samantên sang prabu pinuju siniwaka, kaadhêp ing para baron kalerehanipun, sarta pinuju amriksa prakawis. Sarêng amariksani dhatêngipun mantri wana ingkang dumarojog tanpa larapan punika. Sang nata enggal andangu, pangandikanipun: Hèh, mantri alas, ana apa dene sira sowan ing ngarsaningsun tanpa larapan, lan manèh apa mulane lakunira katon sigra-sigra, kaya lakuning baturing gêrma kang anututi asu-asu kang angopyak sato alas. Apa têkanira ing kene uga arêp anglapurake prakara kang agawe kasusahanira. Sapa kang angusir sira saka ing alasingsun. Sang nata [...] dipun aturi jêngkar saking pasamuan, margi mantri wana wau badhe matur piyambakan, sarêng sampun piyambakan, mantri wana lajêng matur: Gusti kawula mêntas mrangguli Prabu Tristan kalihan sang pramèswari wontên satêngahing wana, sawêg sami sare. Ing sarèhning kawula ajrih bilih Prabu Tristan wungu, kawula enggal lujênglajêng. sowan ing ngarsa paduka.

Prabu Marc ngandika: Ana ing ngêndi.

Mantri wana matur malih: Wontên satêngahing wana Morois. Manggèn salêbêting griya alit, yasanipun piyambak, saking panging kêkajêngan lan ron-ronan. Manawi paduka badhe malês ukum dhatêng piyambakipun, sumôngga kawula dhèrèkakên dhatêng panggenanipun tilêm Prabu Tristan tuwin sang pramèswari wau.

Sang prabu ngandika: Iya, sira mangkata dhisik, angêntènana rawuh ingsun, ana ing dalan kang lumêbu marang ing alas mau. Poma aja baribin, aja nganti ana wong kang sumurup, awit ingsun bakal tindak ijèn. Kajaba iku sira bakal ingsun ganjar êmas lan salaka, sapira panuwunira bakal ingsun paringi.

Mantri wana enggal mangkat, angêntosi rawuhipun sang nata wontên ing margi lumêbêt dhatêng ing wana Morois wau. Mugi-mugi Gusti Allah aparing bêbêndu dhatêng mantri wana ingkang awon manahipun punika dene têka jail. Ing wingking para maos badhe angawuningani pêjahipun mantri wana punika, inggih punika minôngka paukumanipun anggènipun dados juru têlik.

Kacariyos sang prabu enggal dhawuh anyadhiyakakên titihanipun, lajêng têdhak nitih titihan kalayan anganggar pêdhang. Tindakipun dhêdhêmitan saha tanpa kadhèrèkakên ing abdi satunggil-tunggila. Kala samantêdhsamantên. sang nata kèngêtan nalika anyêpêng ingkang putra kapenakan ing wanci dalu rumiyin. Sarta kèngêtan dhatêng sêmunipun Putri Isolde ingkang angatingalakên sangêt trêsnanipun dhatêng Tristan. Manawi panjênênganipun sagêd mrangguli Prabu Tristan lan Putri Isolde saèstu badhe dipun patrapi paukuman ingkang awrat, minôngka pamalêsing cidranipun. Sarêng tindakipun dumugi ing margi ingkang lumêbêt dhatêng ing wana wau, lajêng paring dhawuh dhatêng mantri wana supados lumampah rumiyin, pangandikanipun: Hèh mantri alas, sira lumakua ing ngarêp, ingsun anut buri lakunira, nanging dienggal sarta miliha dalan kang cêdhak dhewe.

Sang nata lan mantri wana nuntên lumêbêt ing wana, lampahipun gêgancangan. Sang prabu angandêlakên dhatêng ing pêdhangipun, ingkang rumiyin sampun asring ngatingalakên kêkiyatanipun manawi kaagêm pêrang. Mila lajêng katarik mak srèng swaranipun, saha angandika makatên: yèn ora ingsun iya si Tristan kang bakal nêmahi pati. O saupami Prabu Tristan wungua, salah satunggal saèstu badhe wontên ingkang manggih tiwas. Mantri wana lajêng matur: Gusti, sapunika sampun cêlak.

Sang prabu nuntên mandhap. Titihanipun cinancang ing kajêng agêng, lajêng têdhak dharat. Botên antawis dangu dumugi ing griya alit padununganipun Prabu Tristan lan Putri Isolde. Sang nata nuntên lukar mantêl. Mantri wana badhe andhèrèk nyakêti griya, nanging kadhawuhan mundur. Sang prabu nuntên lumêbêt ing griya sarwi angasta pêdhang ligan. Pêdhang sampun badhe katamakakên, wusana kanggêk ing galih, dene mariksani wontên pêdhang ligan ingkang angêlêt-êlêti sariranipun sang putri kalihan Prabu Tristan. Kajawi punika pratingkahipun anggèning tilêm, mratandhani saèning kalakuwanipun. Sang nata ngunandika makatên: Dhuh, Pangeran Kang Maha Agung, sarèhne kula sumêrêp kawontênan makatên, punapa tiyang kêkalih punika kêdah kula pêjahi. Saupami samia gadhah lêlampahan awon, anggènipun sami tilêm botên badhe kaêlêt-êlêtan pêdhang ligan. Punapa sok tiyanga botên sami sumêrêp bilih ingkang makatên punika mratandhani saha nyatakakên rêsiking manahipun. Milanipun kula inggih botên badhe amêjahi tiyang kêkalih punika. Awit manawi kula pêjahana, saèstunipun duraka sangêt.

(Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---