Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1927-10, #1641

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1927, #1641
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1927-02, #1641. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #366.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1927-05, #1641 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #367.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1927-06, #1641. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #368.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1927-08, #1641. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #369.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1927-09, #1641. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #370.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1927-10, #1641. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #371.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1927-12, #1641. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #372.

Ôngka 40, 9 Rabingulakir Taun Jimakir 1858, 6 Oktobêr 1927, Taun II.

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [701] ---

Ôngka 40, 9 Rabingulakir Taun Jimakir 1858, 6 Oktobêr 1927, Taun II.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Kêmis

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Kitha Lais Bêngkulên

[Grafik]

Wawasan ing satunggiling margi agêng ing kitha Lais. Sanadyan kitha Lais punika kalêbêt kitha alit, ananging tumpakan ing ngriku mawarni-warni. Mirsanana arak-arakan pangantèn ingkang tumut ngarak sami numpak motor.

--- 702 ---

Dr. RABINDRANATH TAGORE

Nalika ing dintên Sênèn surya kaping 12 Sèptèmbêr taun 1927, Dr. Rabindranath Tagore dalah pandhèrèkipun bôngsa Indhu tiyang tiga saking Surabaya sampun dhatêng ing Surakarta, mondhok wontên ing dalêm Prangwadanan (Mangkunagaran) salêbêtipun wontên Surakarta, Tuwan Dr. R. Tagore mêrtamu dhatêng karesidhenan, kraton, Mangkunagaran, tuwin dhatêng Kusumayudan, punapadene angwontênakên lèsêng wontên ing Kuntskring tuwin wontên ing Susitèit Mangkunagaran. Tuwan Prof. Chatterjee (pandhèrèkipun Tuwan Dr. R. Tagore) angwontênakên lèsêng wontên ing Christelijke Kweekschool ing Margayudan, anyariyosakên kawontênanipun pamulangan iyasanipun Tuwan Dr. R. Tagore ingkang dipun wastani Shanti Niketan tuwin lèsêng mawi gambar sorot manggèn ing pandhapi Prangwadanan, anyariyosakên kagunanipun tiyang Indhu bab anggambar, wiwit jaman kina dumuginipun jaman sapunika.

[Grafik]

Margi ingkang badhe kabikak.

Salêbêtipun Tuwan Dr. R. Tagore wontên pondhokan ing dalêm Prangwadanan, saking kaparêng dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara, mawi kawontênakên lêlangên kalênengan tuwin bêksan warni-warni, ing ngriku panjênênganipun Tuwan Dr. R. Tagore katingal rêna sangêt, ngantos kawêdhar bilih anggènipun mirêngakên kalênengan tuwin nyumêrêpi bêksan warni-warni wau rumaos sangêt kapranan saha katuju ing panggalih, punapadene karaos kagigah ing panggalihipun gêgandhengan kalayan kawontênan ing nagari Indhu.

Ing dintên Akat surya kaping 18 Sèptèmbêr 1927 wanci enjing panjênênganipun Tuwan Dr. R. Tagore dalah para pandhèrèkipun anglajêngakên lampah bidhal saking Surakarta dhatêng Ngayogyakarta mawi mampir mariksani candhi ing Prambanan. Kalêrêsan ing dintên Akat wau wontên kaparêng dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara badhe ambikak yasan margi enggal dalah karêtêgipun ingkang dumunung ing kampung Gumunggung anjog ing sawetan papan balapan kapal, (margi ingkang môngka watês kitha [ki...]

--- 703 ---

[...tha]

Surakarta ingkang sisih kilèn) saha ing sacêlakipun papan balapan wau badhe dunungipun pamulangan A.M.S. ingkang badhe dipun wiwiti panggarapipun benjing taun 1928 ngajêng punika, mila bidhalipun Tuwan Dr. R. Tagore saking Surakarta dhatêng Ngayogyakarta wau ngiras dipun aturi ambikak margi dalah karêtêg ingkang kasêbut ing nginggil, saha kaparêng dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara, margi wau lajêng dipun paringi nama margi Dr. Rabindranath Tagore.

Ngaturi Wangsulan

Ing Kajawèn kaping 22 wulan Sèptèmbêr, ôngka 38, wontên sadhèrèk mundhut katrangan prakawis panjurung kula bab dhuwung. Ing ngandhap punika kula ngaturi wangsulan utawi katrangan pandangon utawi pamundhut wau, namung atur wangsulan kula namung kula damêl cêkak amurih sampun angêbaki papan. Dene lêrês lêpatipun kula sumanggakakên dhatêng sadhèrèk ingkang mundhut katrangan tuwin para maos sanèsipun.

Pandangon, I. Ingkang dipun ukur sami kalihan wilahing dhuwung punika inggih janur wau.

II. Ing ngajêng atur kula wontên lêpatipun sakêdhik, lêrêsipun ingkang kawastanan wilahing dhuwung punika, inggih punika wilah dalah ganjanipun. Bageyan wilah ing bongkot kawastanan gônja, dados ukuran ingkang kapisan janur wau kaukurakên ing wilah, inggih punika wilah dalah ganjanipun.

III. Ing ngriku sampun kula sêbutakên yèn janur kaukurakên ing wilah, dalah saganjanipun, sapintên pikantuking ukuran wau, lajêng janur punika katêkuk-têkuk dados tigang têkuk ingkang sami lajêng kabucal ingkang satêkuk. Ingkang makatên punika, ingkang sapratiganing janur wau dados sampun cêtha yèn kêdah kabucal. Ingkang kaulurakên malih inggih ingkang kalih pratigan (kakantunanipun) [(kakantunanipu...]

--- 704 ---

[...n)] botên sadaya.

Anjawi saking punika, saking pamundhutipun sadhèrèk supados kula anglajêngakên nyambêt cariyos bab dhuwung dumugi ing dhapur tuwin tangguhipun, ing ngandhap punika kula ngaturi sambêtan cariyos wau.

Bab Dhapuring Dhuwung

Mênggah dhapuring dhuwung punika beda-beda, dene ingkang kawastanan dhapur inggih punika wujudipun, saking beda-bedaning dhapur wau lajêng gadhah nami piyambak-piyambak, mirsanana katrangan ing ngandhap punika.

Dhuwung ingkang wilahipun êluk sarta sacêlaking gônja ngangkengangge. clakunthêngan utawi cingik (kêmbang kacang) sarta mawi ringih-ringih, punika kawastanan dhapur sangkêlat.

Dhuwung ingkang lêncêng wilahipun sarta mawi clakunthêngan utawi cingik (kêmbang kacang) sarta mawi ringih-ringih, kawastanan dhapur tilam upih.

Dhuwung ingkang lêncêng wilahipun, sarta tanpa kêmbang kacang sarta botên ringih-ringih, punika kawastanan dhapur brojol.

Dhuwung ingkang lêncêng wilahipun, sarta papak radi wiyar, punapa malih botên ringih-ringih, punika kawastanan dhapur kêboan.

Dhuwung ingkang wilahipun êluk 5 sarta tanpa kêmbang kacang, sarta botên mawi ringih, punika kawastanan dhapur sangkêlat.

Bab Tangguhing Dhuwung

Mênggah prakawis tangguhing dhuwung punika kula botên sagêd ngaturi katrangan ingkang cêtha, amargi prakawis tangguh wau saking pamanggih kula manut panggenanipun ingkang damêl, môngka pamirêng kula para êmpu ingkang sami damêl dhuwung punika kathah sangêt. Dados bab tangguh wau kenging kawastanan tanpa watês. Dene sagêdipun mastani dhatêng satunggil-satunggiling tangguh, punika namung nitèni dhatêng wujuding dhuwung, ingkang dipun titèni sanès wujud kadosdene ingkang kasêbut ing nginggil wau (wujud dhapur), nanging ciri-cirinipun awit satunggil-tunggiling êmpu anggènipun damêl dhuwung mawi ciri piyambak-piyambak, môngka kula matur prasaja dhatêng ciri-ciri wau taksih kathah kakilapanipun, pramila ing ngandhap punika kula ngaturakên nami-nami tangguhing dhuwung ingkang sampun misuwur ing akathah, tuwin ingkang kula sumêrêpi, inggih punika: 1. Tangguh Pêjajaran. 2. Tangguh Majapait. 3. Tangguh Tuban. 4. Tangguh Kasah (damêlan Madura). 5. Tangguh Mataram.

Wusana sumôngga mênggah lêrês lêpatipun.

Sal.

--- 705 ---

[Grafik]

Sisih kiwa nginggil, griya kangge mariksa kawontênan isining sagantên. Sisih têngên nginggil aquarium, inggih punika panggenan dununging ulam sagantên ingkang taksih gêsang. Ing ngandhap tiga pisan, punika toya sagantên ingkang kaaling-alingan ing gêdhah, ulamipun sami kêtingal, dene ingkang mawi gambar winêngkonan, punika gambaring ulam ingkang mawi cinirenan namanipun, dados tiyang ingkang ningali sagêd nocogakên kalihan kawontênanipun ingkang salugu.

--- 706 ---

Katrangan

Kawrat ing Kajawèn ôngka: 38, panjênênganipun sadhèrèk Wa, andangu bab têgêsipun paribasan. Panjênênganipun sampun dangu anggènipun nyimpên paribasan wau: Nanging dèrèng ngrêtos têgêsipun.

Kalêrêsan sarta kapasang-yogya sangêt, dene kula inggih gadhah pèngêtan ingkang isi paribasan wau, jangkêp sakatranganipun pisan, mila ing riki kula aturakên punapa wontênipun.

1. Ambali muka amigantaka.

Têgêsing têmbung: amalik rai anyingkiri pêjah. Kajêngipun: anyelaki janji badhe nyênyukani. Dados botên saèstu nyukani.

2. Anggupita sabda.

Têgêsing têmbung: nganggit ginêm (anggupita=nganggit, ngrumpaka). Kajêngipun: tiyang damêl-damêl utawi ngathik-athik ujar.

3. Côndra kalamukan buda.

Têgêsing têmbung: Côndra=rêmbulan, kalamukan=kaalingan pêdhut, buda=wuda (budi), kajêngipun: tiyang katarka botên lêrês: têrangipun: tiyang botên rêgêd dipun tarka.

4. Catur manggala.

Têgêsing têmbung: Catur=sakawan, manggala=pangagêng, pangajêng, utawi urang. Ing riki ingkang dipun kajêngakên catur manggala, pangagêng sakawan, inggih punika: patih, pangulu, jêksa, pujôngga.

5. Sara prana pandhita murcita.

Sanajan ing Kajawèn mungêl: Saraprada pandhita murcita, ewadene bokmanawi lêpat pangêsètipun.

Têgêsing têmbung: Sara=lêlandhêp: jêmparing, prana=manah: budi: watêk, murcita=musna: klêngêr: dhawah. Kajêngipun: Pandhita dhumawah ing tiwas, amargi saking mulang ngèlmu kadurjanan (nyukani sarat dhatêng durjana).

Sara prana kajêngipun nyukani dêdamêling manah. (Pambudi utawi pratikêl).

Namung samantên atur kula, mugi andadosna pariksa. Kajawi punika, kathah panunggilanipun paribasan ingkang kados makatên wau, ingkang samangke sampun awis ingkang mangêrtos, malah mirêng kemawon inggih botên nate. Dene limrahipun, inggih namung dhatêng paribasan ingkang asring kasrambah wontên ing ginêm utawi ing sêrat-sêrat.

K.M. Sasrasumarta.

--- 707 ---

Cariyos Sawatawis Bab Kawontênanipun Yuga, ingkang Pinanggih Wontên ing Primbon.

Candhakipun Kajawèn ôngka 39.

Miturut primbon-primbon ingkang sampun kacariyosakên sawatawis ing Kajawèn, ôngka 39, ing sasampunipun donya gumêlar, Pangeran lajêng anitahakên: Nabi Adam. Sapêngkêripun Nabi Adam: alam kêrta. Inggih ing alam kêrta punika tumitahipun Nabi Idris, tuwin Nabi Nuh. Sasampunipun alam punika, lajêng alam dupara, tumitahipun Nabi Brahim, lan Nabi Musa. Sabibaripun lajêng alam kaliyuga. Ing jaman punika wontênipun Nabi Isa lan Nabi Muhamad, punapa malih alamipun para ratu ing tanah Jawi, ing Pajajaran, tuwin ing Karta, saha para Walisanga.

Punapadene ing primbon nyariyosakên, ing salajêngipun ing tanah Jawi nuntên tansah dahuru, kathah karisakan lan pêpêjah. Wusana ratu pêpitu ing tanah Jawi dalah sawadyabalanipun ingkang sami angsal iman, warninipun lajêng sami dados bagus-bagus sadaya, saha lajêng sami sêkti môndraguna. Para ratu ingkang sami angsal iman wau, lajêng sami têluk dhatêng satunggiling nata, ingkang ajêjuluk: Kangjêng Pangeran Kudratullah, saha ingkang mêntas atapa wontên ing rêdi Sirmala. Rawuhipun Sang Kudratullah wau, prêlu badhe misah dhatêng ingkang sami tansah abôndayuda. Inggih Sang Kudratullah punika ingkaingkang. angratoni ing tanah Jawi saha lajêng angadhaton wontên ing Mêdhangkamulan. Ing sarêhning pangrèhipun ing tanah Jawi wau pancèn namung kangge amitulungi karisakan kemawon, dados panindaking paprentahanipun ratu wau sampun tamtu adil paramarta. Dene para ratu ingkang sami têluk wau, ingkang alim katêtêpakên dados pangulu, ingkang momot kadadosakên jaksa, ingkang adil kadadosakên patih, saha sami kadunungakên wontên ing Cirêbon, Bantên lan ing Mataram.

Paribasanipun, ing jaman punika jaman êmas, pikajêngipun: saking tata raharjaning praja, mirah sandhang lan têdha, ngantos botên wontên tiyang ingkang sami lampah durjana juti. Sadhengah pranatan utawi paprentahan dipun tindakakên kalihan adil sayêktos. Mênggah sajatosipun ingkang jumênêng Ratu Adil wau, kacariyos: Nabi Isa, sarta anggènipun ngasta paprentahan ingkang adil wau 607 taun laminipun, salajêngipun sadaya sêrat-sêratan dipun lêbur dening ingkang Maha Kawasa, wiwitipun dipun risak ing dintên Sabtu tanggal kaping 1 wulan Sura. Ing primbon katranganing taunipun botên kasêbutakên. Nalika badhe panglêburipun sêrat-sêrat wau, ngawontênakên gara-gara: jawah dêrês, gêlap angampar-ampar ngantos 3 taun laminipun, jawah latu 3 taun, lindhu 7 taun 7 wulan 7 dintên.

Wawasan tumrap cacriyosan Islam bab wontênipun [wontê...]

--- 708 ---

[...nipun] yuga sakawan, punika dipun carub kemawon kalihan cacriyosan badhe wontênipun Ratu Adil, nanging mênggah daya, tumrap kapitadosanipun dhatêng Iman Mahdi, ing ngriki botên sagêd ical.

Ing primbon nyariyosakên dhatêngipun Ratu Adil, ing sakawit inggih botên dipun anggêp, bilih ratu punika: Imam Mahdi, nanging awit saking corab-carubing panganggêp wontênipun Ratu Adil, lan Imam Mahdi, ratu wau salajêngipun kaanggêp Ratu Adil Imam Mahdi.

Cariyos punika manawi dipun laras-laras, sagêd ambingungakên, jalaran wontênipun Imam Mahdi, sampun karumiyinan jumênêngipun Ratu Adil sanès, punapa malih dipun cariyosakên, bilih Ratu Adil wau têka lajêng dipun têtêpakên dados patih wontên ing Mataram, lan malih sampun sami kasumêrêpan, bilih para nata ing Cirêbon, punika sadaya sami alim, wusana ing primbon kacariyosakên, bilih ingkang kadunungakên wontên ing Cirêbon, têka inggih ratu ingkang alim.

Pancènipun murih botên adamêl kodhênging para panyuraos, ing primbon dipun cêthakna pilah-pilahing cariyosipun, pundi ingkang gêgayutan kalihan Islam, pundi ingkang gêgayutan kalihan Jawi Kina, ing môngka ngriku têka dipun campur kemawon, kados ta: Imam Mahdi, ingkang sajatosipun Nabi Ngisa, têka dipun cariyosakên angadhaton wontên ing Mêdhangkamulan. Mila lajêng angicalakên dhatêng sêsipatan. Punapadene ing primbon punika ugi, inggih nyariyosakên bab wontênipun Imam Mahdi piyambak, ingkang cariyosipun botên dipun corab-carub, punika beda sangêt. Ing ngriku dipun cariyosakên jumênêngipun Imam Mahdi, punika wontên ingkang mastani 30 taun, sawênèh 31 taun, wontên malih ingkang mastani ngantos 40 taun. Kala ing jaman punika kacariyosakên nama: jaman santosa. Miturut cariyosipun ing jaman punika: sima sagêd mêmitran sae kalihan menda, lare alit sagêd dolanan sawêr tuwin kalajêngking tanpa bêbaya. Jaman punika kacariyosakên jaman ingkang loh jinawi, wiji ingkang sami dipun tanêm, punika wohipun tikêl kaping 70. Sadaya lampah cidra botên wontên, paprentahanipun Imam Mahdi wau, kadosdene paprentahanipun Sang Iskandar Dulkarnèn utawi kadosdene Nabi Suleman, jalaran saking adiling paprentahanipun, kacariyosakên babar pisan botên nate wontên rah ingkang wutah.

[Iklan]

--- 709 ---

Pamulangan Tani ing Ondêr Dhistrik Maja, Dhistrik Majalêngka, Paresidhenan Indramayu.

(Kintunan saking ajung lanbo konsulèn ing Maja)

Bokmanawi kathah para ingkang dèrèng sami anguningani, bilih ing dhusun Maja, dhistrik Majalêngka, wontên satunggiling sêkolahan tani ingkang kanamakakên: Karang Usaha Têtanèn, inggih punika tumrap mulang para lare ingkang sami badhe sinau kawruh têtanèn. Dene ingkang kenging lumêbêt ing pamulangan wau, inggih punika lare anakipun tiyang tani, ingkang sampun tamat pasinaonipun wontên ing pamulangan guprêmèn klas II utawi pamulangan dhusun. Dununging sêkolahan punika wontên ing lêmpènging rêdi Crême ingkang sisih kilèn, inggilipun panggenan kapetang saking sagantên wontên ± 2000 kaki.

[Grafik]

Para murid sami sinau anggarap sabin.

Têtiyang tani ing ngriku rêmên sangêt ulah têtanèn ananêm têtanêman warni-warni ingkang ambajaji. Kajawi nanêm pantun, ing môngsa kêtiga têtiyang sami ananêm: kênthang, bawang, kacang susuk, (kacang cina) jagung lan sasaminipun. Manawi ulah têtanènipun tiyang ngriku katitipriksa sayêktos, têtela inggiling kawruhipun bab ulah têtanèn. Dene wontênipun pamulangan tani wontên ing ngriku, punika sagêda anuntun dhatêng anaking

--- 710 ---

para tani murih langkung inggil malih dhatêng kawruhipun têtanèn.

Mênggah adêging pamulangan kasbut nginggil, punika kala wulan Mèi 1916, lan dumuginipun samangke, sabên kalih taun sapisan sagêd ngêdalakên murid cacahipun 50. Ing taun 1920 pasinaon ing pamulangan wau têtela dèrèng wontên wohipun babarpisan, amargi para murid ingkang sami lulus pasinaonipun, sami lajêng nyambut damêl dhatêng guprêmèn saha sanès-sanèsipun. Ingkang makatên wau sayêktosipun botên kenging kalêpatakên, jalaran lare-lare wau sami botên anggadhahi pawitan kangge ulah têtanèn piyambak, punapa malih têtiyang sêpuhipun ugi botên sagêd mawiti, amargi namung anggadhahi sabin sawatawis, namung cêkap kangge têdha sadintên-dintênipun. Wontên ugi tilas murid ingkang nuntên ulah têtanèn gadhahanipun piyambak, ing sarèhning angsal pangajaran bab têtanèn, angsal-angsalaning tanêmanipun sampun têmtu inggih langkung kathah tinimbang têtiyang tani limrah.

Ing taun 1920 ing pamulangan ngriku dipun wontênakên pranatan enggal, sabin gadhahanipun pamulangan, ingkang wiyaripun 5 bau, kaparingakên dhatêng murid 10 supados dipun tanêmi piyambak kanthi katuntun dening gurunipun. Kasilipun rêsik dipun simpên ing bang, prêlunipun ing têmbe, manawi para murid wau sampun rampung pasinaonipun, arta wau kenging kangge nyewa siti, sarta kangge wragad pangolahipun. Dene ingkang kenging lumêbêt ing pamulangan, lare-lare ingkang umuripun sampun langkung saking 15 taun, saha sampun angrencangi anggarap sabin tiyang sêpuhipun. Jalaran wontênipun pranatan enggal wau, sampun tamtu lajêng kathah lare anakipun tiyang tani ingkang kêpengin lumêbêt ing pamulangan punika. Ing pamulangan tuwin ing pasabinan para lare wau katingal sami mêmpêng anggènipun sinau.

Para murid wau salêbêtipun kalih taun satunggil-satunggilipun sagêd ngêmpalakên arta radin-radin f 150-, arta samantên punika anyêkapi kangge anggarap sabin wiyaripun 1½ bau. Dene manawi kakirangan pawitan, kenging sami nyambut arta utawi wiji pantun dhatêng sêkolahan. Antawisipun para murid ingkang mêdal saking sêkolahan wau sadèrèngipun taun 1920, punika ugi wontên ingkang dipun sambuti pawitan, saha anggènipun amangsulakên kacicil sabên taun. Dumugining samangke tilas murid pamulangan tani ing Maja sampun wontên 26 ingkang sami nglampahakên têtanèn piyambak, sarana dipun tuntun dening gurunipun, inggih punika: satunggiling ajung lanbo konsulèn. Mênggah wontênipun têtiyang ingkang sami anglampahakên têtanèn piyambak samantên wau, saya dangu sampun têmtu saya wêwah kathah, amargi sabên taunipun, wontên tilas murid kalih utawi tiga wêdalan ing ngriku, ingkang katuntun dening guru pamulangnpamulangan. Maja wau saha kawêwahan sabên kalih taun sapisan, murid 10 ingkang sawêg tamat pasinaonipun.

Pranatan enggal wau sayêktos kenging kaajêng-ajêng mênggah ing kamajênganipun, amargi antawisipun para murid ingkang sampun tamat pasinaonipun ing pamulangan tani ing Maja, sampun wontên 3

--- 711 ---

utawi 4 ingkang sampun anggadhahi griya piyambak, jalaran saking angsal-angsalaning anggènipun sami têtanèn, lan wontên ugi ingkang sampun anggadhahi rajakaya, maesa tuwin menda.

Tanêmanipun para tilas murid wau tansah dipun awat-awati dening ajung lanbo konsulèn ing Maja, murih sêsrawunganing guru lan murid sampun ngantos ical. Ing sarèhning sabin-sabin ingkang kagarap wau, saya dangu saya wêwah kathah, guru ingkang kajibah angawat-awati lajêng kabantu dening murid lami, ingkang sampun anggadhahi sabin piyambak, lan sabên wulan sapisan dipun gêntosi dening kancanipun. Tindak ingkang makatên punika prêlunipun supados para tilas murid wau satunggal lan satunggalipun tansah sêsrawungan saha rêrêmbagan punapa ingkang dados kaprêluwanipun.

Wiwit ing taun 1924 pambayaraning arta ingkang kasambutakên, punika lajêng katumbasakên pantun, saha ing wancinipun badhe jawah lajêng kasambutakên dhatêng para tilas murid. Dene panyauripun sasampunipun panèn pantun, kanthi kawêwahan 18%, pantun 18% wau kangge ngawontênakên andhil badhe adêgipun kopêrasi lumbung. Andhil pantun wau badhe kasade ing masa awis pantun, lan arta pêpajênganipun badhe katumbasakên pantun malih ing môngsa mirah pantun. Sampun tamtu sabêhunsabên taun. pantunipun saya wêwah kathah, ngantos kathahing pantun wau sagêd anyêkapi tumrap sadaya kaprêluwanipun têtanèn para tilas murid-murid wau. Manawi pawitanipun pantun wau sampun agêng sayêktos, tamtu anakaning nyambut pantun wau badhe dipun kirangi, anggêr tumindakipun sagêd lumintu kemawon. Tuntunan ingkang makatên wau, sayêktos agêng sangêt gunanipun tumrap para kawula. Amila iba saenipun, upami nagari karsa mêwahi ngawontênakên pamulangan ingkang makatên wau malih.

Mugi Kawigatosna dhatêng Para Maos tuwin Para ingkang Sami Mundhut Polêksalmênak taun 1928

Ing sarèhning ing bab pranatan pènsiyun ingkang kasêbut ing Polêksalmênak Jawi, Mlayu tuwin Sundha wontên ingkang kècèr pamrêtalipun saking basa Walandi, amila Bale Pustaka nusuli katrangan kangge nglêrêsakên kalêpatan wau wontên ing Kajawèn tuwin Panji Pustaka.

Dene kalêpatan wau ingkang tumrap Polêksalmênak Jawi, kasêbut ing kaca 163-164 aksara: na, lêrêsipun kados ing ngandhap punika:

na, pènsiyun alit, manawi: 1 dhinêsipun kirang 5 taun saking dhinês ingkang kasêbut ing aksara: ha, tumrap satunggil-satunggiling golongan, môngka umuripun tumrap satunggil-satunggiling golongan wau sampun anyêkapi, 2 manawi kirangipun langkung saking 5 taun (nanging kirangipun punika botên kenging langkung saking 10 taun) umuring punggawa wau kêdah sampun langkung saking ingkang katamtokakên ing aksara: ha. Langkunging umur apêsipun kêdah sami kalihan kiranging dhinêsipun ingkang jangkêp, kasuda 5 taun. Upaminipun: satunggiling mantri pulisi dhinêsipun taksih kirang 8 taun saking ingkang katamtokakên ing aksara: ha, murih sagêdipun angsal pènsiyun alit, priyantun wau kêdah sampun ngumur 50 + 8 - 5 taun, inggih punika 53 taun.

Bale Pustaka.

--- 712 ---

Pamungu Supados Rêmên dhatêng Pandamêlan

Saking pamanggih kula, nyambut damêl punika inggih kalêbêt kalimrahan. Tôndha saksinipun manawi wontên tiyang sarwa waras wiris tur taksih nèm, môngka botên nyambut damêl, punika mêsthi dados pocapan, malah manawi ingkang botên nyambut damêl wau tiyang malarat, asring kenging panggrayanganpanggrayang. ingkang botên prayogi. Kajawi punika, nyambut damêl pudikapunika. inggih ugi kalêbêt kasarasan, amargi ilining rah, nêdha utawi tilêm sami sagêd ajêg. Punapadene paedahipun malih, kenging kangge nylamur manah sungkawa sapanunggilanipun, dados sanadyan tiyang nyambut damêl punika ngêdalakên karosan ingkang mêsthinipun luwe, sagêd kaslamur botên karaos luwe. Wangsul tiyang nganggur sanadyan namung thênguk-thênguk thok, nanging kathah sangêt godhanipun, mila inggih malah boros, amargi sajatosipun ingkang nganggur punika namung badanipun, nanging kagunganipun padharan utawi pêpenginan asring botên purun nganggur. Awit saking punika, nyambut damêl punika botên ngêmungakên wontên tiyang malarat, sanadyan tiyang ingkang sampun sugih inggih prayogi.

Kacariyos anggèning tiyang sami nyambut damêl punika, prêlunipun pados arta kangge nyandhang nêdha, lumèbèripun kangge ngingahi dhatêng anak bojo. Dados manawi makatên, tiyang nyambut damêl punika nama kapêksa, amargi kangge nyandhang nêdha wau. Manawi tiyang nyambut damêl punika dipun tampi ing manah: kapêksa, utawi kaanggêp lugu namung pados arta thok, pamanggih kula botên prayogi, amargi anggèning nyambut damêl sisip-sêmbiripun sagêd dados: mata dhuwitên, panindakipun namung ambujêng enggala angsal arta, pandamêlanipun sampun tamtu lajêng groboh, wusana pangajêng-ajêngipun sagêda angsal arta, angsal-angsalanipun inggih sakêdhik, amargi barang garapanipun awon.

Mênggah prayoginipun nyambut damêl punika, ingkang sapisan mawi kadhasarana manah sênêng. Kaping kalih anggadhahana niyat pados nama, agêngipun ngantos angsal pratôndha panarimah, awit saking awiging garapanipun. Ingkang kaping tiga pados kawruh, wondene têrangipun makatên: tiyang nyambut damêl punika bilih sênêng manahipun, têmtu sagêd sae garapanipun, punapa malih panyambut damêlipun mugên, sae botên gadhah raos wêgah tuwin sayah. Dene bab anggènipun dipun dhasari pados nama, punika wigatosipun supados tinrêsnanan ing tiyang kathah, ingkang awit saking kalêgan manahipun utawi kalêrêsan anggèning sami anggarapakên barangipun. Tumrap bab kaping tiga: pados kawruh, punika supados kathah sêsêrêpanipun, ingkang lêlajênganipun kenging kangge sarana minggahing pangkat pandamêlan ing panginggilanipun. Mênggah nyambut damêl dhinasaran kados kasêbut nginggil, punika agêng sangêt pangajêng-ajêngipun kathahing angsal-angsalanipun arta.

Wondene witing sênêng punika, saking nocogi kalihan dhêdhasar karêmênaning manahipun. Upami tiyang ingkang anggadhahi dhêdhasar bab bangsaning laras, punika [pu...]

--- 713 ---

[...nika] mêmpanipun nyambut damêl dados niyaga, makatên sapiturutipun. Wontênipun tiyang nyambut damêl sampun angsal balônja kathah lajêng mêdal, punika bokmanawi inggih saking botên nocogi kalihan dhêdhasaring manahipun. Kajawi punika manawi dipun manah-manah, nyambut damêl punika botên wontên awratipun, dene ingkang mastani awrat punika namung ingkang nyawang, dados sampun tamtu manawi ingkang nyawang punika mastani awrat, amargi sagêd ugi ingkang dipun sawang punika botên nocogi kalihan dhêdhasaring manahipun ingkang nyawang. Upaminipun ingkang nyawang sarwa ringkih badanipun, môngka nyumêrêpi pandamêlanipun pandhe tosan, tiyang wau mêsthi wêgah, jalaran dipun têpakakên kalihan badanipun piyambak ingkang sarwa ringkih, tamtu botên tèyèng utawi sakit kangge nyambut damêl ngêdalakên karosan kados tukang pandhe. Kosokwangsulipun ingkang nglampahi, inggih punika tukang pandhe, tamtu botên wêgah ingatasing pandamêlan ingkang katindakakên, amargi sampun kulina utawi sampun dados padamêlanipun. Punapa malih pandamêlan ingkang mêgahakên utawi rêkaos, punika ugi botên dumunung wontên pandamêl ingkang sarwa ngêdalakên karosan, nanging anggèning mêgahakên utawi rêkaos wau, namung kabêkta saking botên sagêdipun ingkang nindakakên. Têrangipun, saupami tukang pandhe wau kapurih nindakakên pandamêlan bangsaning kalungidan utawi karawitan, kados ta: kapurih damêl kidung rêrêpèn, andhalang, nyungging, gambar, inggih rêkaos sayêktos, amargi sanès pandamêlanipun saha botên gadhah dhasar.

Sadèrèngipun nyambut damêl, prayogi amanaha rumiyin pandamêlan punapa ingkang dipun sênêngi, manawi sampun salaras kalihan manahipun, lajêng kalampahana, sampun mawi malang tumolih, (awang-awangên), dene bab kawruh mangke sagêd katuntun wontên salêbêting pandamêlan. Kajawi punika sampun ngantos gadhah raos lingsêm, dupèh pandamêlanipun kaanggêp asor. Ngadatipun tiyang anglampahi pandamêlan gadhah raos lingsêm, punika pinanggih wontên tiyang ingkang sampun nate mukti utawi ingkang rumaos inggil darajatipun, dhumawahing apês kapêksa anglampahi pandamêlan ingkang kaanggêp asor wau. Pancènipun jaragan sampun dipun niyati nyambut damêl punika kêdah botên lingsêm, amargi nyambut damêl punika mêsthi sêsrawungan kalihan tiyang, dados dipun rekaa kados punapa, mêsthi kawanguran ing tiyang saha tanpa damêl. Cêkakipun, tiyang ingkang makatên wau badhe rêkaos ing samudayanipun, rêkaos dhatêng manah, rêkaos panindakipun nyambut damêl, saha rêkaos angsal-angsalanipun arta.

Utaminipun tiyang punika malah kapara angluhurakên dhatêng pandamêlanipun, sampun ngantos nyapèlèkakên, saha anggadhahana rumaos bilih pandamêlanipun punika, nama mitulungi dhatêng adêging gêsangipun tiyang ing ngalam donya, kados ta: wontênipun tiyang sagêd nêdha sêkul, punika saking pitulunganipun tiyang tani, wontênipun tiyang sagêd damêl griya saking pitulunganipun tukang kajêng, makatên sapiturutipun. (Badhe kasambêtan)

--- 714 ---

Rêmbagipun Sêmar, Petruk lan Garèng Bab Wèt ingkang Amêrangi Tindaking para Lintah Dharat.

(Sambêtipun Kajawèn ôngka 39)

Garèng : Pangadilan ora kêna ngidinake panagihe, ananging uga ora kêna nêtêpake, yèn layange panagihan mau ora ana buktine babar pisan. Wayah, rama, yèn ana prakara kang kaya mangkono kuwi, dara sidhèn sajake kaya wong sing cêkine mati siji, arêp diowahi cêkine kuwatir nèk mêtu, ora diowahi wong gênah wis mati siji.

[Grafik]

Sêmar : E, kurang ajar, la wong papriksan pangadilan, kathik dianggêp kayadene wong kowah. Wis, wis, rungokna. Yèn sing motangake dhuwit nyang Petruk duwe bukti liyane, sanajan bukti liyane mau ora sapiraa, sanajan ta mung rupa layang pasêksèn bae, kuwi Petruk bisa dikalahake prakarane.

Petruk : Ma, Ma, ing sarèhning aku kiyi sawijining priyayi, sabaku dina-dina mung nyang kamar bolah bae, tamtune iya duwèni kaprawiran, yèn nganti utang dhuwit, ora bakal ana titahing ngabathara sing bakal wêruh.

Sêmar : Mêngko dhisik, wong bagus, wong dlongèr, aku arêp nyêlani pitakon. Kowe mau ngomong, yèn dina-dina sok saba nyang kamar bolah, kuwi kowe apa wis lumêbu dadi lid.

Garèng : Yah, ma, ature Petruk kuwi aja sok digalih bênêr-bênêr. Aja manèh dadi lid, munggah rolak kamar bolah bae rak durung tau. Mungguh karêpe saba nyang kamar bolah kuwi mangkene, yèn para dara-dara lagi kabênêr lênggahan dhomino utawa sêlikuran ana ing kamar bolah, ing môngka ora ana wêktune kanggo kondur dhahar, kuwi banjur nimbali Petruk, amarga Petruk wis pirang-pirang dina kiyi dadi bakul saoto.

Sêmar : E, trèmbèlane, anggone ora urus Petruk kuwi kathik kabanjur-banjur, mungguh calathune Petruk, ora ana titahing ngabathara sing bakal wêruh, kuwi yèn aku ora kliru, karêpe Petruk arêp pitakon mangkene: kapriye upamane sing motangake ora duwe bukti liyane babar pisan. Apa ya mangkono, Truk.

Petruk : Mula ya mangkono, ma. Sabisa-bisa wong utang kuwi aja nganti kêwruhan ing liyan, amarga yèn nganti konangan kamlaratanmu, sok banjur disingkiri ing akèh. Mulane yèn ing ngomah kêndhile kabênêr mêngkurêp, aku malah banjur palêsir-palêsir mubêng kotah, jasku siji tak ênggoni kabèh.

--- 715 ---

Sêmar : Panêmumu kang mangkono kuwi, aku mula anggêsin bangêt. Mungguh pitakonmu: kapriye upamane sing motangake ora duwe bukti liyane babar pisan, kuwi pangarsaning pangadilan bisa mutus sarana nyumpah salah siji, apa sing motangake, apa sing utang. Pamilihe sapa sing kudu disumpah kuwi, gumantung marang karsaning pangarsaning pangadilan. Wis têmtu sing disumpah kuwi salah siji sing kira-kira kêna dipitaya. Lumrahe sing disumpah kuwi wong sing anggugat prakara. Ing têmbe yèn kasumurupan, manawa sing disumpah mau sumpahe palsu, miturut artikêl 159, 161 lan artikêl 162 ing anggêr pribumi (Ind. Regl.) wong mau kêna diukumake.

Garèng : Lha, yèn mangkono larase, rama, sing utang, upamane ing kene Si Petruk, apa ora bisa nyuwun marang pangarsaning pangadilan landrad, supaya sing motangake mau disumpah.

Sêmar : Lho, aku mau wis ngomong, sing disumpah kuwi sing akèh-akèh sing gugat prakara, dadi lumrahe ya sing motangake.

Garèng : Bênêr, ma, ananging panyumpahe mau kudu mangkene: mula ya sabênêr-bênêre, yèn Si Suta motangake dhuwit marang Si Petruk f. 100.-.

Sêmar : Lha kuwi êmbuh ora wêruh, apa sing utang dhuwik kêna duwèni panuwunan kang mangkono kuwi, kiraku kêna, ananging aku ora bisa nêmtokake, amarga yèn dadi presidhèning pakumpulan ajar jogèd aku ya wis tau, ananging presidhèning pangadilan landrad, durung. Lho kapriye karêpmu kuwi ta Rèng, sajake kok ana buntute.

Garèng : Lho, kuwi mangkene. Rama mau wis ngandikake, sing sapa sumpah palsu, miturut artikêl-artikêl 159, 161 lan 162 ing anggêr pribumi, kuwi kêna diukumake. Ing môngka tindaking lintah dharat kuwi lumrahe yèn nyang layang panagihane disêbutake motangake dhuwit f. 100.-, lumrahe sing utang mung nampa f.50.- utawa f. 60.- Saiki yèn sing motangake dhuwit wis kalakon sumpah angakoni motangake dhuwit f. 100.-, ing môngka sabênêre mung motangake f. 50.- utawa f. 60.-, kuwi sing utang apa ora bisa kêlah, yèn sing motangake dhuwit mau, wis kasalahan sumpah palsu.

Sêmar : E, sambêr tempe, kathik amokrul bambu. Kiraku yèn sing utang mau anduwèni sêksi cukup, pantês-pantêse iya kêna, ananging bab kuwi aku ora bisa amêsthèkake. Wis, samene dhisik, besuk manèh bae padha dibanjurake anggone padha rêrêmbugan bab pranataning utang-piutang.

--- 716 ---

KRONIEK

Kabar warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Wontên pawartos, bilih têtiyang ing dhusun Kawat, sacêlakipun Watês, anyênjata sima ngantos pêjah, sima wau sampun sawatawis lami angrêridhu katêntrêmanipun dhusun.

Kabaripun, rayi dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta: Bandara Radèn Mas Sujanadi, ingkang suwaunipun ngasta padamêlan wontên ing kantor agrarisêsakên, samangke katêtêpakên dados ondêr up ing kantor inlansêkadhastêr ing Ngayogya.

Ngarsa dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun ing Ngayogya sampun amarêngakên, sarta sampun maringi nawala kêkancingan dhatêng panuwunipun Radèn Wadana Dwijasewaya, bab nyuwun kèndêl anggènipun dados abdi dalêm sekrêtaris ing kadipatèn.

Saking Surakarta kawartosakên, bilih benjing wulan Ruwah taun punika, kaparênging karsa dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, putri dalêm Gusti Radèn Ayu Sêkar Kadhaton badhe katêtêsakên.

Sêdyatama amartosakên, konggrès Muhamadiyah benjing Ruwah punika, kabaripun badhe nyuruhi para sarjana Islam saking mônca praja, kados ta: saking Mêsir, Indhu, Turki, Arab sasaminipun, punapa malih ing Indiya ngriki, mêsthi kasuruhan. Dene ingkang badhe karêmbag wontên ing konggrès ngriku samangke dèrèng sagêd anêmtokakên.

Saking Surabaya kawartosakên, Tuwan Marsudi, redhaktur Sinar Indonesia sarta ingkang dèrèng dangu punika ngêdêgakên pakêmpalan enggal nama: Parte Rayat Indhonesiah, dipun cêpêng jalaran damêl karangan ingkang suraosipun ngojok-ojoki.

Salêbêtipun wulan Sèptèmbêr punika, têtiyang sakit ingkang dipun pulasara kanthi lêlahanan wontên ing griya sakit Tyonghwa ing Sêmarang, inggih punika: bôngsa Tiyonghwa 243, têtiyang èstri bôngsa Tyonghwa 33, lare-lare Tyonghwa 154, tiyang pribumi 62, tiyang èstri pribumi 45. Dene têtiyang sakit ingkang sami bayar wontên 89. Dados ing salêbêtipun wulan Sèptèmbêr punika, gunggungipun têtiyang ingkang sami dipun pulasara wontên ing griya sakit ngriku wontên: 626.

Wontên kabar, bilih ing Jêmbêr tansah wontên jawah awu. Malah ing ngrika kala-kala kapirêngan swara gumuruh saking rêdi Raung, tuwin kukusing kawah rêdi wau tansah kêtingal gumulung sundhul ngawiyat.

Kala tanggal 19 Sèptèmbêr ingkang kapêngkêr punika, pangadilan landrad ing Grêsik, andhawahakên ukuman kunjara dhatêng para komunis, Sutiknya lan Muhamad Tam, ingkang satunggal laminipun 4½ taun, satunggalipun malih 3 taun, amargi kalêpatan badhe adamêl risakipun katêntrêmaning praja.

Saking Ngawi kawartosakên: satunggiling jêndhuling komunis nama: Suratmaji alias Ratman, asli saking Kêdhunggalar, ingkang dados buroning pulisi, amargi kalêpatan tumut-tumut adamêl gegeran dèrèng dangu punika, dèrèng watawis lami punika kacêpêng pulisi wontên ing Batawi, saha lajêng kakintunakên dhatêng Ngawi. Sadumuginipun ing Ngawi sanalika punika lajêng kapriksa prakawisipun.

Katêtêpakên dados wadana algêmènê pulisi ing paresidhenan Sêmarang: Radèn Sukarman, ingkang suwau asistèn wadana pulisi klas I ing Sêmarang. Wiwit tanggal 3 Oktobêr punika, kawisudha dados wadana pulisi ing Surabaya: Mas Wirawêrdaya, ing suwau asistèn wadana klas I ing Brondong, kabupatèn Lamongan.

Sêrat kabar A.I.D. martosakên, bilih kopral bôngsa pribumi lan saradhadhu Mênadho, kalih-kalihipun sami golongan ing batalyun 15 ing Bandhung, dèrèng dangu punika kacêpêng ing pulisi, amargi kalêpatan anggènipun gêgayutan kalihan para komunis.

Saking Têgal kawartosakên: kala dintên Jumuwah sontên ingkang kapêngkêr punika, kintên-kintên jam satêngah sakawan, ing krêtêg sajawining kitha Têgal, wontên ing margi antawisipun têgalan Brêbês, wontên bêbaya oto ingkang adamêl tiwasipun tiyang èstri pribumi satunggal. Kala kapriksa prakawisipun têtela, bilih supiring oto wau, kala anglampahakên otonipun ngantuk. Ingkang punika supir wau inggih lajêng kacêpêng ing pulisi. Tiyang èstri wau sanalika punika pêjah.

Saking Pakalongan kawartosakên, bilih pandamêlipun watêrlèdhêng (toya plêmpêng) ing Têgal, kapasrahakên dhatêng firma Snuyff ing Surabaya. Wragadipun f 156.000.-.

--- 717 ---

Kabar saking Bogor amartosakên: dèrèng dangu punika sampun wontên sêrat kêkancingan ingkang dipun tapakastani, ingkang nyêbutakên wontên tiyang komunis kalih malih ingkang badhe dipun singkirakên dhatêng Dhigul, ingkang satunggal asli saking Madiyun, satunggalipun malih asli saking Surabaya.

Katêtêpakên dados patih ing kabupatèn Garut, Mas Sastrawiguna, ing suwau wadana algêmènê pulisi ing Serang. Patih ing Cianjur: Mas Sunartadirja, wadana ing Serang. Patih ing Batawi: Radèn Kandhuruan Wira Adikusumah, sèkrêtaris rad kabupatèn ôngka I ing Sukabumi.

Kabaripun Mr. Radèn Ahmad adpokat saha pokrul ing Surabaya, nyuwun kèndêl saking kalênggahanipun, sumêdya nyuwun padamêlan wontên ing gupêrmèn. Kabaripun Mr. Radèn Ahmad wau, samangke katêtêpakên dados amtênar ingkang kabantokakên ing pangadilan justisi ing Sêmarang.

Aneta martosakên saking Makasar, bilih pangadilan justisi andhawahakên ukuman kunjara laminipun 3 wulan dhatêng tuwan asistèn residhèn Emmeloort Stein, amargi kalêpatan sampun anahan saha anganiaya tiyang ngantos dumugi ing tiwasipun.

Para ingkang sami lulus èksamênipun notaris bagiyan pungkasan, (bagiyan III): Tuwan-tuwan mas Sujak (Cirêbon) lan Radèn Kadiman (Bandhung).

Wontên pawartos, Ingkang angsal pris f 70.000.- saking lotre agêng Surabaya, inggih punika Tuwan S.Z. Bahsin ing Palembang.

Wontên kabar: Pulisi ing Batawi dèrèng dangu punika anyêpêng satunggiling tiyang pribumi nama: Amad punggawa baita kapal Bacan, ingkang mêntas punika labuh wontên ing Tanjung Priyuk. Amad wau konangan anggènipun badhe anglêbêtakên sênjata pêtêng, dening pangadilan landrad pun Amad kadhawahan ukuman kunjara laminipun 2 wulan.

Kala dintên Sêtu ingkang kapêngkêr punika, Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun ing Surakarta saking Surabaya têdhak dhatêng kabupatèn Bangkalan, siyangipun kondur malih dhatêng Surabaya.

Wontên pawartos Tuwan Tan Eng Goan, ingkang anggadhahi kantor pangêcapan Siang Po ing Bandhung tuwin Tuwan Tan Tong Kie, guru pamulangan T.H.H.K. ing Têgal, botên dangu malih badhe kapriksa dening pangadilan landrad ing Bandhung, amargi kadakwa sampun nyêbar pêngojok-ojok wontên ing sêrat kabar Siang Po.

Dèrèng dangu punika Gusti Daradatun, putra dalêm pambayun Ingkang Sinuhun ing Ngayogya saha calon pangeran adipati anom, kadhèrèkakên dening para abdi dalêm sawatawis, rawuh ing Surabaya prêlu badhe mriksani yarmarêk ing ngrika. Karsaniupun Gusti Daradatun wau badhe anitipriksa kawontênanipun barang-barang damêlanipun têtiyang pribumi ing panggenan sanès-sanès ingkang kadhasarakên wontên ing yarmarêk ngriku, saha kintên-kintên têtiyang Ngayogya punapa sagêd tiru-tiru adamêl barang-barang wau, ingkang sagêd anjalari indhaking pangasilanipun.

Aneta martosakên saking Surakarta, bilih kala malêm Minggu ingkang kapêngkêr punika, griyanipun Tuwan Veen kabêsmi, jalaran saking kiranging toya angèl anggènipun amêjahi latu wau. Tujunipun, griya wau katanggêlakên ing asuransi, mênggah sabab-sababipun griya wau kabêsmi, samangke dèrèng kasumêrêpan, tiyang ngintên bilih kabêsminipun wau mila dipun jarag.

Aneta martosakên, bilih ingkang wadana ing Soreang, Radèn Muhamad Musakarta Lêgawa, kabantokakên dhatêng paduka tuwan residhèn ing Priyangan Têngah, supados amakili pangkat patih ing Bandhung, sadangunipun ingkang Bupati Bandhung tindak pêrlop dhatêng nagari Walandi.

Jalaran tuwuhipun prakawis-prakawis ingkang ngèngingi ingkang bupati ing Brêbês, samangke tuwan kontrolir saha bandara patih anindakakên panaliti ing dhusun-dhusun saha ing ondêr dhistrik-ondêr dhistrik. Ing wulan punika kabaripun, ingkang bupati piyambak badhe kapriksa prakawisipun wontên ing pasanggrahan Bumiayu utawi wontên ing Sêmarang.

Saking Dhênhah (nagari Walandi) kawartosakên, bilih kala tanggal 28 Sèptèmbêr ingkang kapêngkêr punika, pangadilan justisi andhawuhakên nyêpêng sêtudhèn kêkalih, inggih punika: Tuwan Mometoe Wilson ingkang samangke wontên ing kitha Bèrlin (Jêrman) lan Tuwan Ahmad Subarja, ingkang sapunika pangkat wangsul dhatêng tanah Indiya.

Dèrèng dangu punika Tuwan Sastra Amijaya, sêtudhèn ingkang dipun tahan wonwontên. ing griya pakunjaran ing Dhênhah (nagari Walandi) kaparingan palilah tumut èksamên ilmu ukum Indiya. Mangkatipun dhatêng kitha Lèidhên sarana kairit dening pulisi. Ingkang kawajiban suka èksamên dhatêng sêtudhèn wau: Para guru agêng: Tuwan Dr. G.A.J. Hazeu, Tuwan C. van Vollenhoven, Tuwan Dr. N.J. Krom tuwin Tuwan G. Andre de la Porte, wusana èksamênipun Tuwan Sastra wau pikantuk, saha sasampunipun lajêng kawangsulakên lumêbêt ing griya pakunjaran malih.

--- 718 ---

FEUILLETON

Lêlampahanipun Prabu Tristan lan Putri Isolde

21

Ananging manawi kawula unggul ing jurit, tuwin paduka karsa nampi sang pramèswari malih, kawula badhe suwita malih ing paduka, saha badhe ambelani angluhurakên asma tuwin nagari paduka, anglangkungi saking belanipun para baron sanèsipun. Dene manawi paduka botên karsa saha ngabdèkakên malih dhatêng jasat kawula, kawula badhe kesah saking ngriki, badhe suwita dhatêng sang prabu ing Gavoie utawi sang prabu ing Friesland. Kawula botên badhe wangsul dhatêng ing Cornwallis malih. Sang prabu, manawi paduka botên karsa nampi sang pramèswari, panjênênganipun badhe kawula bêkta wangsul dhatêng ing Irlan, ing ngrika panjênênganipun sagêd jumênêng nata, angratoni nagarinipun piyambak.

Sarêng para baron mirêng aturipun Prabu Tristan anantang prang tandhing, lajêng sami matur: Gusti, mugi paduka karsaa nampi sang pramèswari malih, saèstunipun tiyang ewah ingkang angawon-awon sang putri punika. Prakawis Tristan, mugi kadhawahana nilar nagari Cornwallis, asuwita dhatêng sang prabu ing Gavoie utawi sang prabu ing Friesland kados ingkang kasêbatakên ing salêbêting sêrat wau. Mugi paduka karsaa paring dhawuh timbalan dhatêng Tristan, sang putri supados enggal dipun aturakên ing dintên ingkang paduka tamtokakên.

Sang prabu nuntên ngandika: Hèh, para satriya, sapa kang isih anduwèni pandakwa ala marang Tristan, muga mênyata saka ing palinggihane. Para baron tuwin para satriya sanèsipun sami kèndêl kemawon. Wusana sang nata lajêng ngandika dhatêng ngulama: Hèh, ngulama, sira enggal gawea wangsulaning layang iku, surasane miturut kang wis karêmbug iki. Dienggal jalaran wis lawas Isolde anglakoni lara-lapa ana ing satêngahing alas. Kajaba iku muga caritakna uga yèn ingsun kirim pandonga slamêt marang sakarone. Sontênipun sêrat wangsulan wau kacancang ing palanging Roode Kruis ingkang dumunung ing margi dhatêng ing salêbêting wana Morois.

Ing wanci têngah dalu Prabu Tristan anilar padhepokanipun Kyai Ogrin, mêdal saking wana Morois lajêng anjog ing ara-ara anjujug panggenaning Roode Kruis, sêrat wangsulanipun sang nata ingkang cinancang ing palanging Roode Kruis nuntên kapundhut, kabêkta dhatêng padhepokanipun Kyai Ogrin saha lajêng kasukakakên Kyai Ogrin ambikak sêrat wangsulan wau nuntên dipun waos: sarana mupakatipun para baron kalerehanipun, sang prabu karsa nampi sang pramèswari malih, nanging botên karsa angabdèkakên Tristan. Tigang dintên malih Tristan dipun êntosi ing sang nata saabdinipun wontên ing ara-ara sapinggiring wana Morois. Sasampunipun angaturakên sang putri, Prabu Tristan kadhawahan enggal kesah saking ing Cornwallis. Sasampunipun mirêngakên ungêling sêrat wangsulan punika Prabu Tristan sêsambat, pangandikanipun: dhuh, sang putri, kêkasih kula, sayaktosipun awrat sangêt pêpisahan kula nilar sampeyan. Ewasamantên kêdah kalampahan, jalaran namung punika marginipun sagêd kula angluwari paduka saking kasangsaran ingkang sampeyan lampahi, margi anggèn sampeyan ambelani dhatêng kula. Manawi sampun dumugi ing mangsanipun pêpisahan kula badhe ngaturi tôndha pangèngêt-èngêt dhatêng sampeyan. Saking ing nagari padunungan kula samôngsa-môngsa kula badhe kèngkènan tiyang dhatêng ing Cornwallis sowan ing sampeyan. Sampeyan sagêd dhawuh punapa kemawon dhatêng kèngkènan wau. Manawi kula sampeyan undang, kula inggih badhe enggal dhatêng. Sang putri analôngsa sangêt mirêng sêsambatipun sang kinasih makatên punika, pangandikanipun: dhuh, Tristan mitra kula, mugi karsa amaringakên pun Husdent kemawon. Manawi kula ningali dhatêng sagawon punika, kula têmtu èngêt dhatêng ing sampeyan. Dhuh, mitra, kula gadhah sêsupe amripat sêsotya ijêm, mugi sampeyan karsa nampi sêsupe punika minôngka tandhaning katrêsnan sampeyan dhatêng kula. Sêsupe punika sampeyan agêm. Manawi ing têmbe wontên utusan sampeyan, kula pitados manawi utusan wau ngatingalakên sêsupe punika. Manawi utusan wau botên sagêd ngatingalakên sêsupe punika, sanajan cariyos punapa kemawon botên badhe kula pitados bilih piyambakipun punika utusan sampeyan. Manawi kula sampun ningali sêsupe punika, kula badhe enggal anglampahi sapanêdha sampeyan sarta botên badhe wontên alangan ingkang sagêd anyêgah niyat kula wau.

Wangsulanipun Prabu Tristan: Mitra, pun Husdent kula sukakakên ing sampeyan. Sang putri lajêng ngaturakên sêsupenipun, sarta lajêng arêrangkulan.

Enjingipun Kyai Ogrin kesah dhatêng ing kitha, pêrlu tumbas agêm-agêmanipun sang pramèswari, tuwin tumbas kapal ingkang tutut sangêt minôngka titihanipun, saha abah-abahanipun pisan, dene ingkang kangge têtumbas barang-barang ingkang èdi pèni ingkang sarwa sutra tuwin ingkang kangge tumbas kapal wau yatra sêsimpênanipun piyambak. Têtiyang ingkang ningali lêkasipun Kyai Ogrin sami anggêgujêng, nanging têtiyang ingkang sami anggêgujêng wau botên dipun [di...]

--- 719 ---

[...pun] paèlu. Barang-barang têtumbasanipun lajêng katumpakakên ing kapal, nuntên wangsul dhatêng ing padhepokanipun. Sadumugining padhepokanipun lajêng manggihi Sang Putri Isolde, aturipun: dhuh, sang pramèswari, agêm-agêman paduka sampun sami luwas sadaya. Paduka mugi karsa anampi agêm-agêman awon punika, kagêm santun benjing êmbèn manawi paduka pangkat amanggihi sang nata. Saèstunipun kula kuwatos bilih botên andadosakên panujuning panggalih dhatêng agêm-agêman punika, margi kula botên kulina amilih agêm-agêmaning para putri.

Kacariyos ing dintên punika Sang Prabu Marc paring sumêrêp dhatêng sadaya tiyang ing Cornwallis bilih tigang dintên malih sang prabu badhe anampi sang pramèswari wontên ing ara-ara sacêlaking wana Morois. Sarêng dumugi ing dintên mangsanipun sang prabu badhe pêpanggihan kalihan Prabu Tristan, saha badhe ngaturakên sang pramèswari wau, ara-ara wau kêbak tiyang, kathah para satriya tuwin para putri bôngsa luhur ingkang sami rawuh ing ara-ara punika. Sadaya sami kêpengin sumêrêp malih dhatêng sang pramèswari, margi kajawi baron têtiga ingkang sami awon manahipun wau, sadaya sami wêlas saha trêsna dhatêng sang pramèswari. Ing ara-ara kaadêgan pasanggrahan-pasanggrahan ingkang rinêngga sae. Ing wanci enjing Prabu Tristan kalihan Sang Putri Isolde sami anitih titihan, anilar padhepokanipun Kyai Ogrin, mêdal satêngahing wana. Ing sarèhne Prabu Tristan kuwatos bilih wontên bêbaya ingkang andhatêngi, agêm-agêmanipun kasatriyan, inggih punika agêmipun kêre dipun rasuk lan pêdangipunpêdhangipun. ugi dipun anggar lajêng dipun tutupi pangagêmanipun ingkang sampun awon, botên antawis dangu dumugi ing sapinggiring wana. Saking katêbihan Sang Prabu Marc katingal rinubung ing para baron. Pangandikanipun Prabu Tristan: Isolde, kêkasih kula, sang prabu sawadyabalanipun amapagakên dhatêng kula lan sampeyan wontên ing satêngahing ara-ara ngajêng punika, sakêdhap malih kula lan sampeyan botên sagêd rêrêmbagan malih. Mugi Gusti Allah karsaa anêksèni, sampeyan kula sumpah, ing têmbe samôngsa kula ngintunakên tiyang sowan dhatêng sampeyan, mugi sampeyan karsaa anglampahi ingkang dados panêdha kula. Wangsulanipun sang putri: dhuh, Tristan kêkasih kula, samôngsa kula ningali sêsupe ingkang amripat ijêm punika, kula botên badhe anyidrani jangji. Tembok ingkang santosa utawi karaton ingkang kinubêng ing bètèng kukuh, botên badhe sagêd angalang-alangi sêdya kula, kula tamtu anglaksanani punapa sapanêdha sampeyan. Prabu Tristan angandika malih: o, Isolde, mugi-mugi ingkang Maha Kawasa angijabahana sêdya sampeyan ingkang nandhakakên kasêtyan sampeyan punika.

Lampahing kapalipun jèjèr cakêt. Sang putri lajêng katarik rapêt sangêt lajêng rêrangkulan. Sang putri ngandika: sadhèrèk, panuwun kula sampeyan sampun enggal-enggal anilar nagari Cornwallis. Sampeyan êntosi sawatawis dintên malih, supados sampeyan anyumêrêpi kadospundi pangrêngkuhipun sang nata dhatêng kula. Wontên ing ngriki kula piyambakan, kula ajrih dhatêng têtiyang ingkang awon manahipun punika. Manawi sampeyan enggal-enggal kesah, sintên ingkang badhe mitulungi kula, manawi kula manggih bêbaya. Mantri wana Orri tamtu purun kanggenan sampeyan ing griyanipun, sarta anyukani papan pandhêlikan, mangke dalu sampeyan rawuh ing gudhang suwung ingkang sampun risak, kula badhe kèngkènan pun Pirinis ngaturi sumêrêp, punasapunapa. wontên tiyang ingkang awon pangrêngkuhipun dhatêng kula punapa botên. Pangandikanipun Prabu Tristan: mitra, pandugi kula badhe botên wontên tiyang ingkang wani sumêja awon dhatêng sampeyan, manawi wontêna, tiyang wau tamtu badhe enggal nampèni pituwasing kalakuanipun, pramila kula sagah sêsingidan ing griyanipun Orri sawatawis dintên laminipun. Sarêng lampahipun Prabu Marc sawadya balanipun ingkang amapagakên dhatêngipun Prabu Tristan tuwin sang pramèswari wau sampun cakêt, lajêng sami suka urmat. Prabu Tristan lan Putri Isolde inggih lajêng mangsuli urmat. Lampahing titihanipun sang nata angrumiyini lampahing tumpakanipun para baron, watawis sapambandhil. Namung kadhèrèkakên dening baron Dinas ing Lidan. Sarêng para baron sampun anyakêti panggenanipun Prabu Tristan, Prabu Tristan nuntên angurmati sang prabu. Kalayan anyêpêngi lising titihanipun sang putri Prabu Tristan nuntên matur ing sang nata: sang prabu, kawula ngaturakên sang pramèswari. Dipun saksènana dening para baron tuwin para satriya ing Cornwallis sadaya, kawula nyuwun idi paduka, ambelani kaluhuraning karaton paduka, amargi prakawis pandakwa awon dhatêng kawula ingkang magêpokan kalihan isèning karaton paduka punika, manawi botên kalêrêsan pamariksanipun, karaton paduka badhe pikantuk nama awon. Kangge angicalakên pandakwa awon wau kawula nyuwun dipun abên prang tandhing, manawi kawula kawon kawula sumarah ing karsa dipun bêsmi, manawi kawula unggul ing jurit mugi paduka karsa angabdèkakên malih dhatêng kawula. Manawi paduka botên karsa ngabdèkakên malih dhatêng kawula, kawula badhe kesah dhatêng nagari sanès.

Kacariyos botên wontên baron satunggil-tunggila ingkang wani angladosi panantangipun Prabu Tristan wau. Sang nata lajêng nyandhak apusing titihanipun sang putri, nuntên kapasrahakên dhatêng baron Dinas ing Lidhan, supados dipun jagi sarta dipun ladosi sapêrlunipun. Dene sang nata anyakêti baron-baron kalerehanipun, pêrlu badhami katampi utawi botênipun Prabu Tristan badhe suwita malih dhatêng sang nata punika. Sang pramèswari dipun urmati dening baron Dinas kalayan bingah ing manah. Pangrêngkuhipun botên ewah kados ingkang sampun-sampun. Makatên ugi para baron sanèsipun tuwin para putrining bôngsa luhur ing Cornwallis. Sarêng sang pramèswari lukar mantêl sangsaya katingal langkung

--- 720 ---

endah warninipun. Sang putri mèsêm, èngêt dhatêng Kyai Ogrin ingkang sampun anumbasakên agêm-agêmanipun punika. Sarêng baron-baron ingkang awon manahipun wau sumêrêp bilih sang putri dipun urmati sarta dipun trêsnani dening tiyang kathah kados ingkang sampun-sampun, sami sakalangkung nêpsu sangêt sarta sakit manahipun, lajêng nyakêti dhatêng sang prabu. Kala samantên sang prabu sawêg imbal wacana kalihan baron Andre ing Nicole. Baron Andre matur: Gusti, mugi paduka karsa angabdèkakên malih dhatêng Tristan. Manawi Tristan têtêp asuwita ing paduka, karaton paduka badhe dipun ajrihi dening para raja sanèsipun. Waunipun sang prabu badhe karsa mituruti aturipun baron Andre wau. Nanging lajêng dipun ojok-ojoki dening baron-baron ingkang awon manahipun punika, aturipun: Sang prabu, paduka mugi karsaa andhahar atur kawula. Lêrês cacriyosan ingkang angawon-awon tumrap sang putri rumiyin punika cariyos ngayawara, ananging manawi sang pramèswari tuwin Tristan kêmpal malih wontên ing karaton, saèstu badhe wontên cacriyosan awon malih. Pramila langkung sae Tristan botên paduka abdèkakên, supados enggal kesah saking nagari ngriki. Ing têmbe manawi pêrlu paduka sagêd nimbali malih dhatêng piyambakipun. Satêmah sang nata anglaksanani panuwunipun baron têtiga ingkang awon manahipun punika, nuntên dhawuh dhatêng para baron supados Tristan kadhawuhan enggal kesah. Prabu Tristan lajêng nyakêti sang pramèswari, apamitan, sasampunipun lajêng kadangu dening sang nata, margi sang nata wêlas dhatêng panjênênganipun, pangandikanipun: Tristan, sira bakal lunga marang ngêndi. Panganggonira wis padha luwas bangêt, mulane sadurunge mangkat anjupuka salin panganggo dhisik mênyang ing karaton ingsun, sarta anggawaa êmas lan perak sakarêpmu, ginawe sangu. Prabu Tristan amangsuli: Sang prabu, kawula botên badhe mêndhêt punapa-punapa saking ing gêdhong raja barana paduka. Kalayan pangangge tuwin barang-barang gadhahan kawula piyambak sawontênipun kawula badhe kesah dhatêng Friesland. Sasampunipun matur makatên Prabu Tristan angingêrakên titihanipun lajêng kasandêrakên dhatêng pasisir. Sang pramèswari anggènipun amriksani dhatêng Prabu Tristan botên nolih-nolih, ngantos Prabu Tristan botên katingal. Ing nginggil sampun kacariyosakên bilih ing dintên punika ing ara-ara wau kêbak tiyang, jalaran sadaya tiyang ing salêbêting kitha, jalêr èstri, sêpuh anèm, sami mêrlokakên mapag rawuhipun sang pramèswari kanthi bingah-bingah. Ananging bingahipun wau kaworan sisah, margi Prabu Tristan botên dipun tampi panuwunanipun ngabdi malih dening sang nata. Sang nata sawadya balanipun lajêng kondur dhatêng ing kitha. Loncèng-loncèng ing gareja dipun tabuh botên kêndhat-kêndhat minôngka pakurmatan. Margi-margi ingkang dipun langkungi sang nata tuwin sang pramèswari, sawadya balanipun wau sami rinêngga-rêngga sae, sarta sinawuran ing sêkar. Sadaya tiyang jalêr èstri, sêpuh anèm, sugih miskin, kaparêng lumêbêt ing karaton, andhèrèk sukan-sukan. Ing dintên punika sang nata amardikakakên abdi tumbasan satus, tuwin anjunjung bôngsa nènèman para putraning satriya kalih dasa. Kadadosakên satriya, saha kaparingan pêdhang tuwin pangangge kasatriyan.

Kacariyos dalunipun Prabu Tristan rawuh ing griyanipun mantri wana Orri sarana dhêdhêmitan, sarta dipun aturi singidan ing salêbêting gudhang suwung, ingkang sampun botên dipun angge. Mugi-mugi para baron ingkang awon manahipun sami angatos-atos anjagi kawilujênganing sariranipun.

12. Sang pramèswari dipun sumpah

Kacariyos, Baron Denoalen, Andret tuwin Gondoine sampun sami botên kuwatos dhatêng pamalêsipun Prabu Tristan, margi para baron wau sami ngintên bilih Prabu Tristan sampun kesah saking nagari Cornwallis. Anuju satunggiling dintên Sang Prabu Marc tindak ambêbêdhag dhatêng ing wana, baron têtiga wau inggih andhèrèk, sarta sarêng sang prabu kalêrêsan pinuju kèndêl amirêngakên jugugipun sagawon pambujêngan, lajêng sami anyêlaki sang prabu sarwi matur makatên: Gusti, kala rumiyin paduka andhawahakên ukuman dhatêng sang pramèswari botên ngangge dipun titipariksa rumiyin prakawisipun. Ingkang makatên punika saèstunipun kirang adil sarta siya-siya sangêt. Samangke paduka paring pangapuntên dhatêng sang pramèswari inggih botên ngangge dipun titipariksa rumiyin, punapa sang putri têmên botên anggadhahi dosa utawi têmên dosanipun. Punapa ingkang makatên punika inggih nama adil. Pramila mugi wontêna karsa paduka paring dhawuh dhatêng sang pramèswari, supados karsaa sumpah dhatêng balung-balungipun bôngsa kramat ingkang malati punika, sarta angasta tosan ingkang mêngangah. Manawi sang pramèswari saèstu botên dosa, sanajan ngastaa tosan ingkang mêngangah inggih botên badhe kraos punapa-punapa. Namung sumpah punika ingkang sagêd ngicalakên pandakwa dhatêng sang pramèswari wau.

Sang prabu duka sangêt mirêngakên aturipun para baron makatên punika, pangandikanipun: Hèh, wong ala, muga-muga Pangeran anglêbura marang sira kabèh. Salawase sira tansah ambudidaya amêmirang marang panjênêngan ingsun. Ingsun wis anglaksanani panuwunira supaya Tristan ingsun tundhung saka nagara Cornwallis, saiki sira padha duwe panjaluk manèh kang angluwihi saka mêsthi. Apa Isolde kudu diulihake marang ing Irlan. Apa dosane lan apa kaluputane marang sira kabèh. Dhèk anu iku Tristan kêpenging diêdu pêrang tandhing minôngka tôndhayêkti, manawa dhèwèke utawa Isolde ora duwe dosa, nanging sira padha mênêng bae, ora ana kang wani angladèni panantange.

(Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

Ôngka 41, 16 Rabingulakir, Taun Jimakir 1858, 13 Oktobêr 1927, Taun II.

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [721] ---

Ôngka 41, 16 Rabingulakir, Taun Jimakir 1858, 13 Oktobêr 1927, Taun II.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Kêmis.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Talaga Toba.

[Grafik]

Lumahing toya kimplah-kimplah nyarong kados kaca, kinupêng ing rêdi bêbanjêngan, tuwin rinêngga ing pasabinan ingkang pindha bumi dipun ukir, mèmpêr yèn talaga punika pinandhaknapinindhakna. pangiloning jagad.

--- 722 ---

Pamungu Supados Rêmên Dhatêng Pandamêlan.

(Sambêtipun Kajawèn ôngka 40)

Ing sarèhning nyambut damêl punika pados arta, mila panindakipun kêdah ingkang wêkêl saha dhokoh, kados ta: nyambut damêl têtanèn, mêsthinipun badanipun gupak balêthok, dados masinis, sandhang panganggenipun inggih kenging lisah tuwin rêrêgêd sanès-sanèsipun. Ingkang makatên wau, sanadyan wujudipun pating calemrot, botên katingal saru utawi anglêlingsêmi, mandar katingal pantês, pratôndha tiyang dhokoh saha wêkêl ing damêl. Kosokwangsulipun bilih tiyang nyambut damêl ingkang mêsthinipun gupak rêrêgêd badanipun, môngka katingal karisik, punika malah botên dipun pitados bilih anggènipun nyambut damêl kalayan tumêmên. Dados bab punika kenging kangge panitikan. Saminipun tiyang ingkang badanipun ambalèndhêr lambe tansah klimis, ngakên damêlipun tapa, punapa inggih dipun pitados, dêstun criyos manawi drêmba, punika anggêr tiyang mêsthi pitados. Tiyang nyambut damêl botên angsal kapitadosan, inggih rêkaos angsal-angsalanipun arta.

[Grafik]

Bangsaning juru sêrat ningali tiyang macul ing bênteran, tamtunipun inggih wêgah.

Tumrap pandamêlan têtanèn, pandhe tuwin sapanunggilanipun ingkang kenging rêrêgêd utawi bêntèr, punika sanadyan anggadhahana dhêdhasar, kathah tiyang ingkang botên purun anglampahi. Jalaran kamanah badhe nyudakakên rêrupèn. Upaminipun tiyang ingkang jêne pakulitanipun, manawi anglampahi pandamêlan tani tamtu badhe cêmêng, amargi panyambut damêlipun dhedhe wontên ing bênteran saha tansah wêdhakan êndhut. Bab sudaning rêrupèn punika sayêktosipun botên ngêmungakên ing tiyang ingkang nyambut damêl ing bênteran, sanadyan tiyang nganggur angêthêkur, bilih tansah binalêdig ing sambutan, inggih risak rupènipun, utawi awit saking kamlaratan saha gadhah pakarêman madat inggih sagêd damêl risaking rêrupèn. Wontên malih ingkang mastani pandamêlan wau asor saha kasar, dening cêcêpênganipun sanès gagang pèn, saha tansah [ta...]

--- 723 ---

[...nsah] angulak-ulêk balêthok. Lah, pandamêlan dhoktêr punapa inggih kaewokakên asor. Dene ingkang dipun ulak-ulêk têka malah kadhas kudhis, kowak korèng tuwin mayit. Mila prayoginipun bilih manah badhe pados pandamêlan, anggèning manah sampun kajujug ing pandamêlan ingkang taksih dados sor-soran, pandamêlan ingkang taksih dados sor-soran makatên, sampun tamtu inggih botên menginakên, amargi angsal-angsalanipun arta namung sakêdhik. Dados upami nglêbêti pandamêlan tukang batu, punika anggènipun manah mawi angèngêtana bilih gadhah pangajêng-ajêng dados (pangajêng), minggahipun malih dados tukang borêg. Bab punika manawi dipun lampahi kalihan têmên-têmên, mêsthi kadumugèn ingkang dados pangajêng-ajêngipun. Wondene wontênipun tiyang nyambut damêl tansah kêtompal-katampul, sêpên pangajêng-ajêngipun bawa piyambak, punika bokmanawi saking kacocok ing ngajêng, liripun sadèrèngipun nyambut damêl sampun rabi rumiyin. Môngka tiyang gêgriya punika botên sakêdhik kabêtahanipun. Awit saking punika lajêng botên sagêd marnèkakên pêpaking pirantos ingkang dados praboting tiyang nyambut damêl, jalaran botên gadhah arta celengan, tumrapipun tiyang nyambut damêl pirantos punika prêlu sangêt, manawi sae saha pêpak pirantosipun, inggih sagêd ngenggalakên saha nyaèkakên garapanipun, lêlajênganipun sagêd kathah angsal-angsalanipun arta.

Para sêpuh ingkang badhe ngragadi anakipun kapurih manggaota, anakipun prayogi kapurih anglampahana pandamêlan rumiyin kados ingkang kinajêngakên anggèning manggaota. Manawi sampun sagêd saha ngêrtos dhatêng lampahing pandamêlan, lajêng sawêg angadani panggaotan piyambak, punika têmtu kathah kadadosanipun. Amargi tiyang manggaota punika mêsthi gadhah kalerehan (bêbau), manawi ingkang ngêrèh inggih punika ingkang manggaota, botên gadhah kasagêdan kados pandamêlanipun bêbau, panyambut damêlipun bêbau tamtu kirang pangatos-atosipun, jalaran upami wontên lêpat utawi awoning garapan botên sagêd ambênakakên utawi nglêrêsakên. Bèntên manawi ingkang manggaota punika gadhah kasagêdan piyambak, sampun tamtu andayani dhatêng andhahanipun sami ngatos-atos anggèning nyambut damêl. Wondene ngadani panggaotan mawi lampah sanèsipun inggih sagêd, kados ta: pados tiyang ingkang mangrêtos kapurih dados pangajêng, kapurih mratikêlakên utawi ngrigênakên lampahing pandamêlan, nanging ingkang kathah-kathah botên kadadosan, sababipun botên sanès inggih saking botên sagêd piyambak wau.

Mênggah sadaya ingkang kasêbut nginggil punika, wosipun namung pamungu dhatêng bôngsa kula Jawi, amargi ingkang kathah-kathah sajakipun sami milih dhatêng pandamêlan sêsêratan, sanadyan pamêdal sakêdhik inggih dipun lampahi. Ingkang makatên wau manawi ngantos kalajêng-lajêng, pandamêlan sanèsipun sêsêratan sami dhawah ing tanganing bôngsa sanès, sintên [sintê...]

--- 724 ---

[...n] ingkang kapitunan, botên sanès inggih kula sadaya. Kajawi punika rèhning sadaya-sadaya milih pandamêlan sêsêratan, pandamêlan wau inggih lajêng kirang aji, ing satêmah kula sadaya sami rêkaos sangêt gêsangipun. Amila sumôngga sadhèrèk, sampun kumidih-kidih dhatêng pandamêlan ingkang botên nyêpêng gagang pèn, èngêta anak putu ing têmbenipun.

Darpa.

Paboyongan Mardika dhatêng Dhèli.

Kintênipun para maos sampun sami anguningani piyambak kadospundi cara-caranipun wèrêk Dhèli ngupados kuli, ingkang badhe kakintunakên dhatêng Dhèli. Mênggah tindakipun para wèrêk wau asring sangêt kanthi lampah ambêbujuk, murih kèlunipun para têtiyang purun dhatêng Dhèli. Ing ngriku para wèrêk botên angèngêti dhatêng kawêlasan tuwin kasangsaraning têtiyang ingkang badhe kakintunakên dhatêng tanah sabrang. Jangji angsal kauntungan kathah kemawon, ing bab sanès-sanèsipun botên dipun prêduli babarpisan. Makatên ugi têtiyang ingkang sami dipun bujuk wau ugi botên sumêrêp badhe kadadosanipun ing têmbe. Lampahing para wèrêk ingkang makatên wau, sampun tamtu adamêl pitunanipun para ingkang dipun bujuk wau.

Amila inggih kalêrêsan sangêt, dene pakêmpalaning para ondêrnèming-ondêrnèming ingkang agêng-agêng ing Dhèli samangke anggadhahi ada-ada badhe angwontênakên pranatan, ingkang sêdyanipun badhe anyukani wêwênang mardika dhatêng têtiyang ingkang sumêdya sami nyambut damêl wontên ing Dhèli. Mênggah kamardikan tumrap têtiyang ingkang sami nyambut damêl wontên ing Dhèli punika, pancènipun inggih sampun katindakakên, ananging sawêg tumrap ondêrnèmêng satunggal kalih kemawon, dèrèng sadaya. Kamardikan tumrap têtiyang ingkang dados kuli dhatêng Dhèli, kados ingkang kasêdyakakên dening para ondêrnèmêng-ondêrnèmêng, punika sajakipun miturut sêrat kabar Java bode, agêng sangêt gunanipun. Ing ngandhap punika pêthikan sawatawis mênggah kawontênanipun paboyongan mardika dhatêng Dhèli wau.

Ngupados kuli ingkang kanthi kamardikan, punika nuwuhakên kauntungan warni-warni tumrap têtiyang ingkang sami nyambut damêl. Têtiyang Jawi ingkang sumêdya nyambut damêl dhatêng sabrang, punika sasampunipun kirang langkung 10 dintên, nyumêrêpi kawontênanipun ing ngrika, sawêg kapurih adamêl sêrat prajangjiyan wontên ing Dhèli, kenging lajêng wangsul dhatêng papan padununganipun, dene ingkang mragadi pangkat tuwin wangsulipun têtiyang sabatihipun inggih pakêmpalan ingkang kawajibakên ngupados kuli wau. Malah kuli-kuli wau kenging milih panggenan pundi ingkang dipun sênêngi, mênggah prêlunipun supados para kuli-kuli ingkang nunggil kabudidayan ngriku sagêda sami rukun, ing têmbe tiyang wau têmtunipun lajêng sami ajak-ajak kônca-kancanipun ing dhusun papan padununganipun [padunungani...]

--- 725 ---

[...pun] ing tanah Jawi, puruna sami nyambut damêl wontên ing ngriku. Makatên ugi têtiyang ingkang kaajak wau, manawi anyumêrêpi, bilih ondêrnèmêng ngriku kathah têtiyang saking dhusunipun piyambak tuwin botên badhe ngrêkaos sangêt ngupados padamêlan mriku. Salajêngipun ing ngriku inggih lajêng sagêd ngawontênakên guyub rukuning dhusun. Ondêrnèmêng ugi tansah ambudidaya, murih gampilipun lampahing sêrat-sinêratan, tuwin pangintunaning barang warni-warni. Ingkang makatên wau sêsrawunganipun tanah Dhèli lan ing dhusun-dhusun ing tanah Jawi, inggih botên nuntên ical.

Manawi têtiyang kuli wau kêncêng sêdyanipun badhe nyambut damêl wontên ing Dhèli, lajêng sami adamêl sêrat prajangjiyan laminipun 2 taun. Jalaran saking pranatan ingkang makatên wau, ing wusananipun ondêrnèmêng-ondêrnèmêng inggih lajêng sagêd milihi kuli ingkang badhe nyambut damêl wontên ing ngriku.

Ing sarèhning para punggawa ingkang kajibah ngupados kuli punika sampun nampi blônja piyambak-piyambak, sarta botên nampi ganjaran punapa-punapa manawi angsal kuli, tindakipun inggih botên badhe nyara wèrêk-wèrêk kados ingkang sampun-sampun.

Murih gampilipun ngupados kuli miturut pranatan ingkang sampun kasbut nginggil, lajêng ngawontênakên kantor ing Sêmarang tuwin ing Kêbumèn. Kantor-kantor wau badhe dipun sukani nami piyambak, supados têtiyang sanès sagêd sumêrêp sayêktos, bilih tindaking kantor punika beda sangêt kalihan tindaking para wèrêk ingkang sampun-sampun.

Anggènipun ing Kêbumèn dipun wontêni kantor piyambak, punika amargi têtiyangipun ing paresidhenan Kêdhu ingkang sisih kidul kathah sangêt. Manawi kapetang pantun ingkang katanêm wontên ing ngriku, botên anyêkapi kangge 70 % ning têtiyangipun ingkang manggèn wontên ing ngriku, kados kenging kaajêng-ajêng sangêt, bilih pakaryan enggal wau badhe kathah wohipun.

[Grafik]

Nederlandsche Kappersvereeniging adamêl balapan anggunting tuwin mangun rambuting para wanita, swaraning gunting ngantos pating grincing, nanging adamêl sêngsêming manah.

--- 726 ---

Timun Wungkuk.

Kulanuwun, awiyosipun, ing Kajawèn ôngka 38 ingkang mêdal surya kaping 22 Sèptêmbêr 1927, kula rumaos bêja sangêt sarêng maos gêgubahanipun sang minulya Tuwan Sal ingkang kacirèn jangkêping ngagêsang kanthi katêrangan ingkang ngantos têrang sangêt, inggih punika paprincèn gangsal bab, kados ta: 1. guwa, 2. gôngsa, 3. kuda, 4. wanita, 5. curiga. Dene anggèn kula rumaos bingah wau jalaran sagêd wêwah ing sêsêrêpan kula. Sadèrèngipun kula maos Kajawèn, kula sampun nate dipun paringi pangandika dening satunggiling priyantun sêpuh, ingkang suraosipun mèh mèmpêr kalihan pasêmon punika, ananging namung sakawan bab, kaotipun guwa lan gôngsa, jangkêpipun sakawan kukila, dene cêthanipun makatên: 1. wanita, 2. kuda, 3. kukila, 4. curiga, dene katêranganipun sakawan bab wau kados ing ngandhap punika:

1. Wanita, manusa kêdah anggadhahi bêbudèn kadosdene tiyang èstri (alus lan jatmika).

2. Kuda, manusa kêdah anggadhahi kêkiyatan kados kapal, kêkiyatan wau atêgês daya, dene sababipun daya wau mêndhêt saking kêkiyataning kapal kula botên sagêd nêrangakên, kula borongakên ingkang sami pirsa. Dalah pangetangipun mêsining motor kok inggih mêndhêt kêkiyataning kapal (P.K.)

3. Kukila, manungsa kêdah ngupados lêpas ibêripun (jêmbar jajahanipun) têgêsipun anjajah pamanggihipun. Botên kewran ing samubarang.

4. Curiga, manusa kêdah landhêp pikiranipun.

Sakawan bab ing nginggil wau ing saupami kalugokakên ing kawujudan:

1. Wanita, bojo ayu.

2. Kuda, kapal sae mathinipun.

3. kukila, pêksi sae ungêlipun (ingkang limrah pêksi kutut)

4. curiga, dhuwung ingkang sae pamoripun.

Manusa ingkang kadunungan sakawan bab ing nginggil, sampun nama mulya.

Cundhukipun kalihan bab punika, para maos sampun tamtu kathah ingkang pirsa gambaripun pêksi burak, ingkang kacriyosakên titihanipun Kangjêng Nabi Mukhammad, nalika minggah ing suwarga. Mênggah wujudipun ing gambar, ingkang kula tingali: pêksi burak wau rainipun kadosdene rainipun tiyang èstri, badanipun kados kapal mawa suwiwi, sukunipun wontên jalunipun, dados pangintên kula pêksi burak punika anggitanipun para sagêd, minôngka gambar pasêmon kêmpalipun sêkawan bab kasêbut ing nginggil.

Wusana lêrês lêpatipun kula nyumanggakakên.

Nata Sudibya.

--- 727 ---

Pênyu Ingkang Sampun Umur 100 Taun.

[Balabag]

yèn tak gagas mungguh rasaning nênunggang / ayake / nora kaya rasane wong nunggang kreta / enake / nanging samar yèn jarane bandhang tiba / mêsthine //

ah ayake nunggang sêpur luwih penak / thik èsprès / dhasar bantêr prasasat angin prahara / rikate / nanging samar yèn tumbukan rak cilaka / bakale //

wis wis wurung nunggang motor bae brêgas / briolèt / turut dalan tutêre tansah nyuwara / gog gog gog / mung yèn apês sopir ngantuk klêbu jurang / mêcèdhèl //

ah bêcike anunggang kapal udhara / nikmate / anèng langit sasat Radèn Gathutkaca / sajake / nanging samar singunên gèk mêngko tiba / rak rèwèl //

wis cêkake kabèh tunggangan sadonya / gênahe / mung nyamari cêpak nêkakke sangsara / gawene / poking êpok nunggang pênyu bae cêpak / slamête //

salakune mêsthi amung ngularngulêr. kambang / lan manèh / nora duwe samar yèn bakal angglewang / lakune / mula kari linggih sambi ngura-ura / larase //

[Grafik]

pan makatên panglocitanirèng manah / ing lare / nanging nyata kaanan ingkang mangkana / yêktine / ing Eropah kadi kang kawarnèng gambar / wujude //

--- 728 ---

Mula Bukanipun Wontên Kyai Jagur.

Sampun dados limrahipun bôngsa Jawi, bilih wontên patilasan-patilasan utawi barang-barang kina, pinika kenging katêmtokakên lajêng wontên cacriyosanipun ingkang nuntên anututi, ambabadakên utawi angandharakên mulabukanipun sarta gêgandhenganing cariyos ingkang magêpokan kalihan patilasan utawi barang kina wau. Makatên ugi wontênipun mariyêm Kyai Jagur, ingkang samangke dados pêpundhèning têtiyang kathah ing Batawi, punika miturut katrangan ingkang kasêbut ing Pusaka Jawi ing wulan Juni 1927 ôngka 6 kanthi kacêkak nyariyosakên makatên:

[Grafik]

Kyai Jagur (Kyai Sêtama) ing Batawi.

Kala satunggiling jêjaka nama Buncirêng anggènipun lêlana dumugi ing Bantên, ing ngriku mirêng undhang sayêmbara, bilih pramèswarinipun sang prabu ing Bantên seda, dene sintên ingkang sagêd nyugêngakên sedanipun sang pramèswari wau, badhe kadhaupakên kalihan putranipun. Wusana sarêng Buncirêng anglêbêti sayêmbara wau, pramèswari sayêktos sagêd sugêng malih. Pramila sapintên kemawon sukapirênanipun sang prabu, saha bingahing putra santana sadaya. Ananging sarêng anguningani wujudipun Buncirêng, sang prabu sakalangkung piduwung ing galih, dene lajêng kêpêksa mundhut mantu tiyang ingkang warninipun sakalangkung awon saha botên kantênan tambang paranteanipun, badhe nyuwak dhawuh ingkang sampun kabayawarakakên, rumaos nistha ingatasing panjênênganipun ratu, pinanggihipun panggalih lajêng andhawuhakên [andhawuhakê...]

--- 729 ---

[...n] pêpanggil ingkang anèh-anèh. Lajêng dhawuh mangun waringin ingkang wontên ing alun-alun sadaya, pang-pangipun ingkang moncol katutuhana, amurih katingal sumilak tuwin asrining, dumugining môngsa dhawuhipun supados botên nguciwani, panggarapipun sagêda rampung sadalu, dene manawi ngantos botên sagêd rampung badhe kasandèkakên dhaupipun.

Buncirêng lajêng andhatêngakên pamitranipun kêthèk dipun jatosi karibêdanipun, sami sanalika kêthèk wau ngirit bangsanipun ewon, lêksan, sadaya sami mapali gêgodhong tuwin nyêmpali pang ingkang pating paroncol, sami sadalu punika waringin-waringin ing alun-alun sampun katingal prayogi, enjingipun konjuk ing sang nata. Sang prabu sangêt kagawokan, ing salêbêtipun panggalih taksih ngangkah sandenipun, mila andhawuhakên pêpanggilan malih mundhut mriyêm agêng sarakit ingkang sae wêwangunanipun, badhe kangge ngurmati benjing dhaupipun, Buncirêng nyêndikani, nanging nyuwun sumêde.

Buncirêng sangêt ing prihatosipun anggagas pêpundhutanipun sultan ing Bantên ingkang sakalangkung mokal wau. Saking putêking manah, lajêng anis saking Bantên amaratapa wontên ing rêdi Canghas, tinarimah pujabratanipun Buncirêng angsal wangsit kapurih manggihi bapa biyungipun, inggih tiyang sêpuhipun wau ingkang sagêd anglaksani pêpundhutanipun sang prabu. Cêkaking cariyos Buncirêng lajêng amanggihi tiyang sêpuhipun saha anyariyosakên pêpundhutanipun sang prabu ing Bantên. Wusana bapa biyungipun sami mujasêmadi, satêmah janggêlêk sami dados mariyêm sarakit. Buncirêng sakalangkung lêga manahipun, saha lajêng ngaturi uninga dhatêng Bantên. Ananging pintên-pintên èwu tiyang botên kuwawi ambêkta mariyêm sarakit wau. Dangu-dangu kamirêngan wontên swara, bilih ingkang kuwawi ambêkta mriyêm wau namung Buncirêng piyambak. Buncirêng tumandang ing damêl, mriyêm sarakit kajunjung, kabêkta kacangking tangan kiwa têngên, têtiyang kathah sami kagawokan. Lampahipun Buncirêng wontên ing margi kêpêthuk pandhe, kyai pandhe ngaruh-aruhi, mriyêm wau wangunipun kirang sae, sami sanalika lajêng dipun ewahi, pucukipun dipun ukir sawatawis, ing têngah dipun êluk, sarta ing wingking dipun sukani gêlangan. Dhusun panggenan andandosi mêriyêm wau ngantos sanalika katêlah nama Pandhegêlang.

Kacariyos mriyêm sampun konjuk ing sang nata, lajêng kaparingan nama: Si Jagur akalihan Nyai Satomi.

Sang nata mupus ing pêpêsthèn, putrinipun ingkang dipun angge sayêmbara saèstu kadhaupakên angsal Buncirêng, mawi wiwahan agêng-agêngan.

--- 730 ---

Ing ngriki botên prêlu kacariyosakên kala mriyêm kêkalih wau kaboyong dhatêng Mataram, saha salajêngipun Kyai Jagur kabêkta dhatêng Batawi. Ing ngriki cêkap angandharakên bilih mriyêm Kyai Jagur dumugining samangke dados pêpundhèning tiyang kathah.

Juru Basa ing Ngayogyakarta.

Ing sasisih punika gambaripun Radèn Sujana Tirtakusuma, juru basa ing Ngayogya.

Radèn Sujana wau kalêrês putra kapenakanipun suwargi Radèn Adipati Tirtakusuma, bupati ing Karanganyar, ingkang asmanaipun misuwur.

[Grafik]

Ing nalika alitipun, Radèn Sujana andhèrèk ingkang uwa, saha kasinaokakên wontên ing pamulangan Walandi andhap tuwin sagêd lulus ing pandadaran K.E. Mila sarêng ing taun 1901 malêbêt ing pamulangan H.B.S. ing Sêmarang. ing taun 1907 lulus saking H.B.S. Lajêng nyambut damêl wontên ing N.I.S. ing Sêmarang. Sarêng angsal sataun lajêng pindhah dhatêng kantor agêng S.J.S. nanging lajêng nêdha kèndêl, awit wontên ing ngriku botên gadhah pangajêng-ajêng ingkang agêng.

Ing taun 1909 panjênênganipun katêtêpakên dados juru sêrat kontrolir ngrangkêp padamêlan ajung jaksa ing Bahrawa. Padamêlan wau adamêl panujuning galih, awit ing ngajêng pancèn sampun gadhah panyuwun dhatêng ingkang uwa, ing sawêdalipun saking H.B.S. kaparênga magang wontên ing kabupatèn, nanging ingkang uwa botên marêngakên, amargi pakèwêd ing galih bilih wontên santana ingkang cêpêng damêl nunggil sakabupatèn.

Ing taun 1910 kawisudha dados ajung jaksa wontên ing Purwadadi (Grobogan), tuwin ing taun 1912 dados jaksa ing Kêndhal, ing salêbêting taun 1918 saking kaparênging pamarentah kadhawuhan nindakakên padamêlan ajung kontrolir lanrèntê ondêrsuk, nanging ing taun 1920 lajêng kakèndêlan kalayan urmat. Ing sawatawis wulan malih katêtêpakên cêpêng damêl wontên ing kantor jurubasan ing Ngayogyakarta, saha sarêng ing taun 1923 kawisudha dados ajung translatur (juru basa) ugi wontên ing ngriku. Wusana sarêng ing wulan Sèptèmbêr 1925, kadhawuhan makili padamêlan juru basa, ing salajêngipun lajêng katêtêpakên pisan. Pangkat juru basa punika tumrapipun ing karaton Jawi Surakarta tuwin Ngayogyakarta kagolong pangkat agêng.

Panjênênganipun wau ugi katingal tumut angêmori ombyaking kamajêngan pribumi. Botên langkung Kajawèn ngaturakên kasugêngan dhumatêng panjênênganipun.

--- 731 ---

Sêmôngka.

Kônca tani kathah ingkang cariyos bilih tiyang nanêm sêmôngka punika botên gampil kados tiyang nanêm timun, sanajan tanêman kalih warni punika sabôngsa. Tanêman timun saugi sampun sae thukuling uwit timun, botinbotên. susah dipun punapak-punapakakên, manawi sampun dumugi mangsanipun lajêng sêkar wusana lajêng awoh. Beda sangêt kalihan tanêman sêmôngka, sanajan thukuling uwit timunsêmôngka. sae sarta sampun sêkar saha katingal pêntilipun, ingkang kathah-kathah pêntil wau sami dados jêne, satêmah nuntên gogrog. Ing ngandhap punêkapunika. badhe kacariyosakên kadospundi rekanipun supados pêntil wau sami dados uwoh, bokmanawi wontên ugi paedahipun dhatêng para maos ingkang dèrèng sami ngawuningani, ingkang nêdya nanêm sêmôngka ing pasitènipun kangge lumayanan. Ing nginggil sampun kapratelakakên bilih sêmôngka punika bangsanipun timun, sêkaripun inggih kados sêkaring timun wontên kalih warni, sêkar jalêr lan sêkar èstri. Sêkar èstri wau ing têmbe dados uwoh, dene sêkar jalêr sasampunipun mêgar sawatawis dintên laminipun lajêng gogrog. Tumrap sêkar èstri sawêg nêmbe dados sêkar, badhening uwoh sampun katingal. Tumraping timun, gogroging sêkar jalêr punika botên dados punapa, awit sanajan sêkar-sêkar èstri botên pikantuk sarining sêkar jalêr, nanging badhening uwoh sangsaya dangu inggih sagêd mindhak agêng dados uwoh, malah para tani ingkang srêgêp ing damêl sami mrêlokakên ambucali sêkar-sêkar jalêr wau, supados sêkar-sêkar èstri sampun ngantos pikantuk sarining sêkar jalêr, margi manawi pikantuk sari, uwohipun sami kêbak wiji. Tumraping sêkar sêmôngka èstri prêlu sangêt pikantuk sarining sêkar jalêr, supados badhening wiji ingkang wontên salêbêting badhening uwoh sami sagêd dados wiji. Manawi badhening wiji sami pêjah, badhening uwoh botên purun mindhak agêng, satêmah dados jêne, nuntên gogrog kados ingkang sampun kapratelakakên ing nginggil. Pramila têtiyang ingkang gadhah tanêman sêmôngka kêdah ambudidaya supados sêkar-sêkar èstri sami pikantuk sari sacêkapipun, amurih tanêmanipun awoh, dene manawi sêkar èstri wau botên sagêd pikantuk sari sacêkapipun, badhening wiji wontên sawatawis ingkang pêjah, badhening wiji inggih botinbotên. badhe sagêd waradin mindhak agêng, ingkang sagêd mindhak agêng namung ing bageyan ingkang wijinipun pikantuk sari. Dadosipun uwoh inggih botên wêtah.

Limrahipun uwit sêmôngka manawi sêkar ingkang mêdal rumiyin sêkar jalêr, nuntên sêkar èstri. Ing sarèhne uwit sêmôngka punika nlolor panjang, dununging sêkar-sêkar èstri ingkang ing têmbe dados uwoh ragi têbih saking poking uwit, dados manawi dipun kèndêlakên kemawon tanêman sauwit kemawon badhe angênggèni siti wiyar sangêt, cacahing uwit badhe langkung sakêdhik tinimbang manawi tanêman wau sauwit-uwitipun namung ngênggèni siti sakêdhik. Pramila saenipun sadèrèngipun [sadèrèngi...]

--- 732 ---

[...pun] sêkar, uwit wau kêdah dipun punggêl. Uwit ingkang kapunggêl wau botên antawis dangu lajêng ngêpang sawatawis, sarta mêdal sêkaripun jalêr, dene sêkar-sêkar èstri dumunung ing pang-pang wau. Enggaling wêdalipun sêkar èstri gumantung dhatêng loh cêngkaring siti sarta gumantung dhatêng kathah kêdhiking toya ing salêbêting siti wau, manawi sitinipun êloh tur botên kêkirangan toya, wêdaling sêkar inggih enggal. Manawi sêkar-sêkaring sêmôngka wau sampun sami mêgar, manawi botên prêlu sangêt tanêmanipun sampun dipun êlêb utawi dipun sirami, supados sarining sêkar jalêr garing, manawi kanginan gampil dhumawah dhatêng ing sêkar èstri matêmah sami sagêd dados uwoh.

Limrahipun tanêman ingkang subur, pang-pangipun wau nuntên sami ngêpang malih, mawa sêkar èstri. Sêkar-sêkar jalêr dumunung ing pang-pang ingkang kawitan. Supados uwohipun enggal agêng lunging pang ingkang mawa uwoh kêdah pinunggêl ngantos dumugi sacêlaking uwoh wau, watawis satunggal ron saking dununging uwoh. Rikating indhak agêngipun uwoh trêkadhang botên namung katingal ing uwohipun kemawon, nanging ugi katingal ing gaganging uwoh ingkang ugi mindhak agêng. Manawi agênging gagang wau langkung saking mêsthi, saenipun gagang punika dipun bêlèk kangge ngirangi kathahing têtêdhan ingkang mili saking ngandhap dhatêng ing uwoh wau.

Ing paresidhenan Pasuruan, tanêman sêmôngka punika dados pangupajiwanipun tiyang tani, ingkang kêgolong majêng. Pananêmipun ing môngsa katiga, inggih punika wontên ing sabin, sasampunipun dipun rêmbang tanêmanipun têbu, gadhahaning pabrik. Wiji sêmôngka wau kapanjakakên ing siti mawi gêjig, lajêng dipun êlêb supados têlês sitinipun. Sasampunipun botên prêlu dipun êlêb malih, amargi toya ing salêbêting siti sampun nyêkapi tumraping tanêman sêmôngka tur sitinipun êloh. Ing Pasuruan ingkang kathah tiyang tani sami nanêm sêmôngka lurik ingkang dipun wastani blewah. Blewah wau kathah sangêt ingkang kakintunakên dhatêng ing Surabaya. Ecanipun dipun rujak. Kangge isèn-isènipun sêtrup ès.

[Grafik]

Ing Indramayu, rikating pit botên kangge balapan, kangge ngenggalakên suka pawartos, ing nginggil punika gambaripun para sawung bêbau pulisi, ingkang sami kapilih dados kampiun.

--- 733 ---

Mugi kawigatosna dhatêng para maos tuwin para ingkang sami mundhut Polêksalmênak taun 1928.

Ing sarèhning ing bab pranatan pènsiun ingkang kasêbut ing Polêksalmênak Jawi, Mlayu tuwin Sundha wontên ingkang kècèr pamrêtalipun saking basa Walandi, amila Bale Pustaka nusuli katrangan kangge nglêrêsakên kalêpatanipun wau wontên ing Kajawèn tuwin Panji Pustaka.

Dene kalêpatan wau ingkang tumrap Polêksalmênak Jawi, kasêbut ing kaca 163-164 aksara: na, lêrêsipun kados ing ngandhap punika:

Na, pènsiyun alit, manawi: 1 dhinêsipun kirang 5 taun saking dhinês ingkang kasêbut ing aksara: ha, tumrap satunggil-satunggiling golongan, môngka umuripun tumrap satunggil-satunggiling golongan wau sampun anyêkapi, 2 manawi kirangipun langkung saking 5 taun (nanging kirangipun punika botên kenging langkung saking 10 taun) umuring punggawa wau kêdah sampun langkung saking ingkang katamtokakên ing aksara: ha. Langkunging umur apêsipun kêdah sami kalihan kiranging dhinêsipun ingkang jangkêp, kasuda 5 taun. Upaminipun: satunggiling mantri pulisi dhinêsipun taksih kirang 8 taun saking ingkang katamtokakên ing aksara: ha, murih sagêdipun angsal pènsiyun alit, priyantun wau kêdah sampun ngumur 50 + 8 - 5 taun, inggih punika 53 taun.

Bale Pustaka.

Pirantos Kangge Andandosi Oto.

Ing nagari Amerikah sampun kathah tiyang migunakakên pirantos wontên ing gêdhong oto, kados gambar ing sisih punika. Oto ingkang wontên ing ngriku lajêng dipun angkat sarana ngangge pirantos wau, wusana tiyang lajêng sagêd nitipriksa manawi wontên karisakanipun, punapadene sagêd ngumbah ngantos rêsik.

[Grafik]

--- 734 ---

Rêmbagipun Petruk Lan Garèng Bab Dayanipun Sata dhatêng Utêk.

Petruk : Ayo Rèng, padha sowan rama ambanjurake rêrêmbugane bab utang-piutang lagi anu kae, nèk-nèke besuk ana prêlune, dadi ora kapusan.

Garèng : Esuk-esuk mau aku iya wis mruput sowan mrana, ananging rama isih sare, jarene mau bêngi mêntas jagong bayi nang dalême dara biskal gripir. Kiraku bae rama mau bêngi anggone dhomino kalah, tandhane subuhan bae kathik di bon.

[Grafik]

Petruk : Hêm, dayaning main kuwi kok sok ngalah-alahake barang gawe sing prêlu-prêlu. Sok lali nyang pangane, pagaweane, lan sanak sadulure. Wong aku wis tau mênangi dhewe, jik, Rèng. Wong main cêkine raja, jagone sanga bang, kala samono dikabari yèn anake wis lênggèk-lênggèk arêp mati, la kuwi wangsulane kathik: mêngko dhisik, sarèh, sarèh, jagone arêp kluruk.

Garèng : Lho, aku malah wis tau nêksèni dhewe, ana wong mêntas kasripahan bojone, ora kok banjur tahlilan, malah-malah banjur bukak main. Ananging bab kiyi ora prêlu dirêmbug dawa-dawa, mundhak ngrusakake agama. Saiki padha ngrêmbug bab liyane bae.

Petruk : Ha, iya, ta, saiki tak awitane, aku tak takon nyang kowe, wangsulana. Kowe kuwi sabên-sabên ngolok-olok wong udut, jarene dadine mêngkone, mêngkono, utawa manèh: aja ngono-aja ngono.

Garèng : Sikak, kene le ngrungokake têmênanan, kathik banjur tlencengan sakarsanèki ngono. Wis, enggal tuturna nyang rakapara Si Rôngga Minak Koncar kiyi.

Petruk : Wacih, Rôngga Minak Koncar nang dhuwur cangkême kathik gondhol terong glathik. Ora Rèng, aku ki nèk pinuju sayah awakku, banjur tak uduti, lha, kuwi sayahe sanalika bisa lali. Mangkono uga yèn lagi susah atiku, banjur tak uduti, kuwi susah sapira bae banjur lali kabèh, nganti adhimu bokne Si Kamprèt anjaluk dhuwit blônja, aku iya lali.

Garèng : Nèk kaya ngono kuwi jênênge ya, têrlalu. Mungguh anane wong udut, bisa nglalèkake sayah utawa ngênglipur sajêroning kasusahan, kuwi ora liya marga utêk sarta urat-uratane uwis kêndho kakuwatane, mulane pangrasane kaya bisa marakake kapenak, [kape...]

--- 735 ---

[...nak,] nanging sing dadi sababe mau mung saka sudaning kêkuwatane piranti-piranti kang nganggo ngrasakake.

Petruk : Hêm, nèk tak pikir-pikir kok ya rada mèmpêr dhing. Tandhane yèn aku kabênêr maca koran ora tak sambi udut, kuwi surasane sing dak waca mau sok ora bisa mlêbu têmênan, pikirane tansah mrana-mrana bae. Ewadene iya ana apike, yakuwi wong sing lagi nyèlèngi, nèk pikirane tansah mikir anggone nyèlèngi bae, têmtune bakal nampani gandaning thèthèk bêngèk sing nang kono lan thèthèk bêngèk sing lagi dicèlèngi, ananging manawa anggone nyèlèngi mau karo udut, apa manèh sinambi rêngêng-rêngêng nyara kêthoprak, wèh la kuwi gandaning thèthèk bêngèk sing warna-warna mau bisa kêslamur.

Garèng : Sis, disambêr gêlap kaping pitu likur dilanjari têlu tèng têmênan, mèh ora nyandhak aku karo omongmu mau. Ambalèni rêmbug ing ngarêp mau, tumrap para mudha, ya lananga, ya wadona, sing kulina udut, kuwi pikirane ora bisa lantip, mulane yèn sinau dadine kêndho.

Petruk : La kuwi cocog, tandhane prunanmu Si Kamprèt, anggone udut mula ya nglêcis bangêt, sakolahe mono kira-kira wis têlung taun lawase, barêng tak sual kapintêrane, wangsulane kathik anggêlani pikir têmênan. Panyualku mangkene: Prèt, Prèt, kapriye upamane pa dipengkal, sauwise banjur dipatèni. Masa wangsulane Si Kamprèt kuwi kathik mangkene: La iya banjur diundangake dhoktêr pès, ta pak. Mara, apa kuwi ora aran jêntungake pikir.

Garèng : Hak, hak, kuwi ora saka bodhone si bocah, ananging saka kliruning panômpa, pa mau diarani jênênging uwong, ing sarèhning sabên wong mati saiki dikuwatirake manawane sabab kêna lara pès, dadi sadurunge dikubur kudu dipriksa ing dhoktêr pès dhisik. Wis, wis, rungokna tak dongèngi. Nalika ing Amerikah dianakake papriksan, pamulangan sapuluh kang muride kurang luwih ana 40.000 padha dipriksa. Olèh-olèhaning panitipriksa, sabên bocah 20 sing uwis udut, ana bocah 14 sing lara urate sarta sing bodho, dene sing ora udut, antarane bocah 20, sing lara urat utawa kêndho pikirane, mung ana bocah siji.

Petruk : Wèh, kacèk kok akèh bangêt. Sing ala bangêt tumrap bocah sing dhêmên udut kaya Si Kamprèt kae, anggone dhêmên goroh, climut utawa duwe patrap sing ora prayoga. Dadi yèn mangkono, bako kuwi dadi panuntuning bocah-bocah tumindak salingkuh sarta goroh.

Garèng : Mulane awit saiki uga anakmu Si Kamprèt larangana udut.

Petruk : Iya pancèn arêp tak larangi kanthi kêncêng. La kae apa Si Kamprèt saiki kathik udut srutu sênthar-sênthor. He, Kamprèt, mrene, awit saiki, kowe ora kêna udut babar pisan, yèn nganti aku wêruh kowe udut, ati-ati awakmu sida rê…muk, gawa mrene têgêsane, tak udute.

--- 736 ---

KRONIEK

Kabar Warni-warni.

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

Aneta martosakên: miturut sêrat kêkancinganing gupêrnêmèn,gupêrmèn. katêtêpakên, minôngka pranatan kangge sawatawis môngsa, pangrèhing praja tanah Dhigul kapasrahakên dhatêng pangagênging nagari ing ondêr apdhèling ingkang ambawahakên tanah pambucalan wau.

Wontên kabar bilih salah satunggiling warga Pakêmpalan Muhamadiyah ing Kutharêja, andarmakakên griya sapakaranganipun dhatêng pakêmpalan, ing ngriku calonipun badhe dipun êdêgi sêkolahan.

Kintên-kintên saminggu sapriki, tiyang pribumi nama Warsawijaya, kacêpêng dening asistèn wadana pulisi ing Magêlang, Radèn Sumarsana. Mênggah sababipun, Warsawijaya wau dèrèng dangu punika sampun anyalingkuhakên artaning hotèl papilyun ing Samarang f 400, enjingipun Warsawijaya kairit dening pulisi kabêkta dhatingdhatêng. Sêmarang.

Wontên pawartos: saking panuwunipun pangrèh agêng Pakêmpalan Muhamadiyah ambudidaya badhe angêdêgakên cabang wontên ing kitha Banyumas.

Minôngka kangge ngêdêgakên pamulangan guru Muhamadiyah, pakêmpalan kêdah ngawontênakên arta waragad f 90.000.- dumugining samangke pakêmpalan sawêg sagêd angêmpalakên arta f 6.000.-.

Wontên pawartos, bilih para litnan golongan inpantêri: 1. Radèn Urip Sumaharja, 2. Radèn Mas Sugônda, lan 3. Radèn Bagus Sunjaya Holan Sumadilaga sami katêtêpakên dados: kaptin.

Benjing dintên Kêmis tanggal 20 wulan punika, kawartosakên ing Surakarta badhe ngawontênakên wilujêngan, amilujêngi nagari kados adat. Para luhur tuwin para abdi dalêm sadaya sami sowan pêpak. Wilujêngan wau dipun wastani: Maesa Lawung, inggih punika nglêluri wilujêngan cara kabudan, mila ingkang andongani abdi dalêm wadana juru suranata, sanès pangulu, sarta donganipun inggih donga Buda.

Jalaran wontênipun pawartos, ingkang nyêbutakên, bilih pêpatih dalêm ingkang sinuhun ing Surakarta angawisi para amtênaripun campur kalihan agami, ingakng anjalari botên rênanipun para têtiyang pribumi sadaya, pangrèh Pakêmpalan Muhamadiyah lajêng nyuwun katrangan dhatêng pêpatih dalêm mênggah lêrês botênipun pawartos kasbut nginggil. Mênggah katranganipun pawartos ingkang makatên wau botên lêrês, ingkang punika pangrèh Muhamadiyah lajêng anyêbar sêrat wara-wara, ingkang anyariyosakên botên wontên alanganipun, bilih para abdi dalêm sami angudi dhatêng agami Islam.

Pangagênging pakaryan barang-barang kina martosakên: kala ing wulan Agustus ingkang kapêngkêr punika, tiyang nama Pak Randin, dêdunung ing dhusun Ngêmplak Sêmongan (Sêmarang) wontên ing pakawisanipun manggih rêca, ingkang wusananipun lajêng kasade dhatêng pakaryan kasbut nginggil. Samangke têtela bilih rêca wau rêcanipun Budi Satwa. Inggiling rêca 28 c.M. saha kadamêl saking salaka tulèn, bonbotên. dangu malih rêca punika badhe dipun pitongtonakên wontên ing musèum ing Wèltêprèdhên.

Ing sêraksêrat. kalawarti wulanan ingkang kawêdalakên ing Jêrman, nama: Nord und Zud wontên sêratanipun Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Graaf van Limburg Stirum bab kawontênanipun ing tanah India. Ing karangan wau ingkang wicaksana amanggalih prêlu sangêt ngawontênakên ewah-ewahan tumrap warganing polêksrad, inggih punika warga pribumi kêdah langkung kathah tinimbang warga bôngsa Eropah. Makatên ugi kapanggalih prêlu, anêtêpakên têtiyang pribumi dados warga rad pan India.

Wontên pawartos, bilih têtiyang komunis ingkang sami dipun tahan wontên ing griya pakunjaran ing Glodhog, Batawi, sami kapêndhakan anggènipun badhe damêl gegeran malih, tujunipun sêdyaning têtiyang wau enggal sagêd dipun alang-alangi.

Sêrat kabar A.I.D. martosakên, bilih botên dangu malih ing Bandhung badhe angêdalakên sêrat kabar dintênan basa Sundha ingkang badhe kanamèkakên: Tangkuban Prau, saha badhe dipun cithak ing kantor cithak: Kaom Kita. Wiwit tanggal 1 Nopèmbêr ing ngajêng punika, sêrat kabar wau langkung rumiyin badhe kawêdalakên sabên sadasa dintên sapisan, saha badhe dipun pandegani dening Wara Andayawarsih, kabantu dening Tuwan Yuanah.

Paduka Tuwan J.F. Vos administratur kantor Bale Pustaka, nampi sêrat tarimakasih saking nagari, jalaran anggènipun amranata saha angagêngakên kantor pangêcapan ing kantor kasbut. Makatên ugi Tuwan J.C. van den Braak tuwin Tuwan Th. J. Van Cleef kalih-kalihipun kapalaning kantor pangêcapan Bale Pustaka, sami angsal sêrat tarimakasih saking paduka tuwan dhirèktur ondêrwis.

--- 737 ---

Wontên pawartos, bilih ing Banyuwangi wontên sudagar kêkalih andarmakakên pangêcapanipun, tuwin pamêdaling sabinipun kalih têngah taun salêbêtipun sadasa taun, dhatêng Pakêmpalan P.S.I. ing ngrika. Pangêcapanipun badhe kapindhah dhatêng Batawi, tuwin pamêdalipun sabin wau badhe kadarmakakên dhatêng pamulangan guru S.I. ing Ngayogyakarta.

Sêrat kabar Loc. Martosakên, bilih sacêlakipun dhusun-dhusun dhukuh Badhur, Latu, Maribaya, sarta Karangmulya, badhe tumuntên dipun wontêni sumur bur. Sampun têmtu têtiyang ing ngrika sami sakalangkung agènipunanggènipun. gumbira.

Aneta martosakên, kasipun pamulangan patukangan ing Sibulgah, kêkirangan arta f 1000.-. Gurunipun pamulangan wau lajêng kasêrêg dhatêng pangadilan.

Angsal-angsalanipun panyadean sarêm guprêmèn ing Jawi Têngah salêbêtipun wulan Sèptèmbêr punika, ing Banyumas: f 72.898.22, ing Ngayogya: f 56.618.44, ing Kêdhu: f 101.720.40, ing Pakalongan: f 75.929.80, ing Sêmarang: f 91.125.62, ing Surakarta: f 77.430.90, gunggung sadaya wontên: f 475.723.38. Angsal-angsalanipun panyadean wau, salêbêtipun wulan Januari dumuginipun wulan Sèptèmbêr wontên: f 4.190.213.20. Salêbêtipun sangang wulan ing taun 1926 angsal-angsalaning panyadean sarêm wau wontên f 4.191.472.02.

Sêrat kabar Java-Bode martosakên, bilih ingkang katêtêpakên dados pangagênging tanah Dhigul, inggih punika Tuwan M.A. Monsjou sipil gêsah èbêr ing Fakfak ondêr apdhèling Niyuginiya ing sisih kilèn.

Benjing taun ngajêng, kintên-kintên sasampunipun tanggal 1 Mèi 1928, badhe dipun wontêni sêpur, ingkang lumampah saking Batawi dhatêng Ngayogya kanthi mampir Bandhung.

Kabaripun sêrat kabar Sinar Indhonesiah, badhe botên kawêdalakên malih, kintên-kintên jalaran saking anggènipun tansah manggih pakèwêt, koranipun wontên ingkang karampas ing pulisi. Malah redhakturipun Tuwan Marsudi dipun tahan wontên ing kunjara.

Aneta martosakên saking Pakalongan, bilih ingkang bupati ing Brêbês dipun gantung kalênggahanipun, amargi kadakwa nindakakên padamêlan ingkang botên pantês, inggih punika: asring mabuk, adamêl griya ing sacêlaking Bumiayu sapakawisanipun pisan, ingkang anggarap têtiyang dhusun tanpa mawi bayaran, malah miturut pawartos, ingkang bupati wau asring naboki priyantunipun. Ing ngriki têtela, sanajan bupatia, manawi gadhah tindak ingkang lêpat, inggih wontên paukumanipun.

Sêrat kabar Bintang Timur mirêng pawartos, bilih sêrat kalawarti Bandera Islam, suwaranipun Pakêmpalan P.S.I. ingkang kawêdalakên wontên ing Bandhung, badhe kawêdalakên wontên ing Batawi, sarta badhe kadadosakên sêrat kabar dintênan.

Wontên pawartos, bilih sêrat kabar Asiyah ing Sêmarang, gadhahanipun pakêmpalaning têtiyang pribumi lan Tiyonghwa, ingkang dipun pandhegani dening Tuwan Thio Tjin Boen lan Tuwan Côndra Kusuma, samangke botên kawêdalakên malih.

Kala dintên Slasa ingkang kapêngkêr punika, ing kampung Babatan (Bandhung) wontên kabêsmèn, griya ingkang kabêsmi kirang langkung wontên 200, pintên karugianipun saha punapa sababipun, samangke dèrèng kasumêrêpan.

Dèrèng dangu punika sampeyan dalêm ingkang sinuhun ing Surakarta, sampun aparing ganjaran warni dhuwung dhatêng: 1. Radèn Ramêlan, wadana pulisi, 2. Radèn Partacandraka, asistèn wadana, 3. Mas Wirasumitra lan 4. Mas Sumaprawira, kalikah-lihipunkalih-kalihipun. mantri pulisi. Priyantun sakawan wau sadaya sami abdi dalêm Kasunanan.

Lulus èksamênipun dhoktêr bagian ingkang kapisan ing pamulangan pangadilan luhur ing Wèltêprèdhên: Radèn Iman Hud.

Sêrat kabar Pêwarta Dhèli martosakên, bilih ing Medhan badhe dipun wontênakên cabang Muhamadiyah.

Miturut sêrat kabar Jawa Têngah, ingkang pikantuk pris, lotre f 100.000.- ingkang mêntas dipun gêbab dèrèng dangu punika: Tuwan B.D. Broek ing Pêkalongan.

Ing Medhan samangke kawêdalakên sêrat kalawarti wulanan, ingkang kanamakakên: Utusan Guru, mênggah isinipun babagan pangajaran tuwin kawontênanipun guru. Dene ingkang ngêdalakên Tuwan Sahari, Jalanpuri, ing Medhan.

--- 738 ---

FEUILLETON

Lêlampahanipun Prabu Tristan lan Putri Isolde.

22

Manawa Tristan lan Isolde duwe lêlakon kang ora bênêr, uwis mêsthi ora bakal unggul pêrange. Dipadha ngati-ati bokmanawa Tristan kang wis ingsun tundhung mau, iya iku marga saka anggoningsun kudu-kudu anuruti panuwunira iku, bakal ingsun timbali, supaya bali manèh marang ing Cornwallis.

Sarêng baron têtiga ingkang sami awon manahipun sarta ambêg jirih wau mirêng pangandikanipun sang nata makatên wau sami ajrih, badanipun andharodhog, rumaosipun Prabu Tristan sampun dhatêng amrêjaya dhatêng piyambakipun, aturipun: Gusti, pramila kawula sami gadhah atur makatên, margi kawula sadaya rumaos dados abdi paduka, sarta rumaos wajib tumut anjagi kaluhuraning asma paduka, makatên wau manawi paduka karsa andhahar dhatêng atur kawula, manawi botên karsa inggih sampun, mugi sampun dados duka. Manawi paduka botên karsa angabdèkakên dhatêng kawula tiyang têtiga, sumôngga karsa.

Prabu Marc sarêng mirêng aturipun para baron makatên punika sangsaya duka, nuntên jumênêng ing sônggawêdhining titihanipun, pangandikanipun: Hèh, wong ala, enggal padha sira lungaa saka nagaraningsun kene, ingsun ora karsa angabdèkakên marang sira manèh.

Baron têtiga wau sami amangsuli: Kawula sami sumarah ing karsa paduka, gusti, sarta botên ajrih utawi kuwatos sakêdhik-kêdhika, jalaran karaton kawula sami santosa, kinubêng ing pagêr kajêng wêtahan kiyat sangêt. Sasampunipun sami matur makatên lajêng sami kesah anyandêrakên kapal tumpakanipun botên sarana pamitan utawi angurmati dhatêng sang nata. Makatên ugi sang nata inggih enggal anggêbrag titihanipun kasandêrakên, kondur dhatêng karaton Tintagêl, botên angêntosi ngêmpalipun para abdi gêrma tuwin abdi sanès-sanèsipun. Sadumuginipun ing karaton enggal lumêbêt ing pandhapa, kapapagakên dening sang pramèswari, ingkang mirêng swaraning tindakipun. Kados ingkang sampun-sampun, sang pramèswari anampèni agêmipun pêdhang, lajêng angaturakên pakurmatan sarana andhingkulakên sarira ngantos dumugi ing sampeyanipun sang nata. Astanipun sang pramèswari nuntên dipun asta ing sang prabu, katarik manginggil supados jumênêng. Sarêng sang pramèswari amriksani pasuryanipun sang nata ambrabak abrit sangêt, kados nalika wontên ing papan pangobongan rumiyin, angintên bilih anggènipun duka sang nata wau margi anguningani bilih Prabu Tristan dèrèng kesah saking ing Cornwallis. Pangunandikanipun: O, Pangeran Kang Maha Agung punapa kêkasih kula kauningan ing sang nata, sarta sampun dipun cêpêng. Sanalika sang pramèswari kantaka, dhawah ing sampeyanipun sang prabu, sang putri lajêng dipun pondhong kabêkta lumêbêt, dhatêng ing dalêm sarta dipun arasi. Botên antawis dangu wungu saking anggènipun kantaka. Sang nata nuntên andangu, pangandikanipun: Yayi, apa marmane dene sira nganti dadi kantu, apa sira lagi nandhang gêrah.

Sang pramèswari matur: Dhuh sang prabu, pêpundhèn kawula, kawula ajrih sangêt, margi kala wau katingalipun paduka duka sangêt.

Sang nata angandika malih: Bênêr panyananira iku, yayi, mulane ingsun enggal bali, awit ana prakara kang agawe sêkêling panggalih ingsun.

Sang pramèswari matur malih: Dhuh, sang nata, manawi para gêrma ingkang adamêl sêkêling panggalih, saking pamanggih kawula botên pêrlu paduka galih sangêt-sangêt, awit prakawis makatên punika sajatosipun namung prakawis sapele.

Sang nata mèsêm amirêngakên pangandikanipun sang putri, pangandikanipun: Yayi, kang anjalari dukaningsun mau dudu para gêrma, nanging baron têtêlu kang padha ala atine sarta drêngki, yaiku Andret, Denoalen lan Gondoine. Para baron mau nuli ingsun tundhung supaya lunga saka ing nagariningsun kene, awit salawase mung anglingsêmake marang panjênênganingsun bae.

Sang pramèswari matur: Gusti, punapa dosanipun tiyang têtiga wau, dene ngantos paduka karsakakên kesah saking ing Cornwallis. Manawi piyambakipun angawon-awon dhatêng kawula malih, dosa punapa ingkang kaaturakên ing paduka.

Dhawuh pangandikanipun sang prabu: Yayi, prakara iku ora ana paedahe dirêmbug manèh, jalaran baron mau wis padha ingsun tundhung.

Sang pramèswari nuntên nêmbah, aturipun: O, botên makatên sang prabu, sadaya tiyang punika gadhah hak anglairakên pamanggihipun. Makatên ugi kawula inggih gadhah hak, anyumêrêpi pandakwa awon ingkang kadhawahakên dhatêng kawula wau. Sintên ingkang badhe suka sumêrêp dhatêng kawula, manawi paduka botên karsa andhawuhakên. Wontên ing ngriki kawula rumaos lola, namung paduka ratu kawula, tuwin ingkang kêdah anjagi dhatêng kawilujêngan tuwin saening nama kawula.

Pangandikanipun sang prabu. Yèn mangkono karsanira, ingsun iya bakal nyaritakake ature wong-wong kang drêngki mau, mungguh kang dadi ature: manut panêmune, supaya pandakwa ala kang wis tumiba ing sira biyèn bisa sirna babarpisan, sira kudu anglakoni sumpah ana [a...]

--- 739 ---

[...na] ing sangarêping balung-balunging bôngsa kramat, sarta anyêkêl wêsi mêngangah, awit manawi sira nyata ora duwe dosa, ora bakal karasa panas, utawa ora bakal aniwasi.

Sariranipun sang pramèswari gumêtêr amirêngakên pangandikanipun sang nata makatên punika, sarta amandêng dhatêng sang prabu, wusana matur makatên: Gusti, mugi paduka karsaa animbali tuwin karsaa angabdèkakên dhatêng baron têtiga wau. Kawula sagah anglampahi sumpah kados ingkang sampun kaaturakên ing paduka punika.

Sang prabu amangsuli: Kapan anggonira arêp sumpah iku, yayi.

Aturipun sang pramèswari: Sadasa dintên malih, Gusti.

Pangandikanipun sang prabu: Yayi, tempo sapuluh dina iku enggal bangêt.

Sang putri nêmbah matur: Gusti, sayaktosipun sadasa dintên punika kadangon sangêt, ananging kawula gadhah panuwun mugi paduka karsa ngaturi rawuh Sang Prabu Artur ing Carduel tuwin para baron kalerehanipun satus, makatên ugi Sang Walewein, Griflet saha Keye, mantri pangarsa ing karaton, sagêda anjênêngi anggèn kawula nglampahi sumpah, wontên ing ara-ara sacêlaking lèpèn ingkang dados tapêl watêsing nagari Cornwallis kalihan nagari Carduel, awit manawi botên makatên kawula kuwatos bilih ing têmbe, sasampunipun kawula anglampahi sumpah punika, para baron kalerehan paduka gadhah panuwun malih supados kawula anglampahi sumpah sanès malih. Manawi sumpah kawula punika sinêksenan ing Sang Prabu Artur tuwin para baron kalerehanipun, sêsarêngan kalihan para baron kalerehan paduka sadaya, para baron ingkang sami awon manahipun saèstu botên badhe wani gadhah panuwun makatên malih.

Kacariyos, kala samantên Sang Prabu Marc nuntên utusan paring sumêrêp dhatêng para baron sadaya prakawis sang putri bacebadhe. sumpah wau, sarta sami dipun timbali, supados banjing dumugining dintên sang putri anglampahi sumpah wau sami dhatêng anêksèni wontên ing ara-ara ing tapêl watêsing nagari Cornwallis tuwin nagari Carduel. Makatên ugi sang nata inggih utusan angaturi Prabu Artur supados ing dintên punika karsaa rawuh anjênêngi, saha mugi kadhèrèkakên ing wadyabalanipun. Sang pramèswari inggih utusan abdi kinasih awasta Pirinis bêktan saking ing Irlan rumiyin, kadhawahan sowan dhatêng Sang Prabu Tristan. Lampahipun Pirinis anglangkungi wana, botên anurut margi, supados sampun ngantos kasumêrêpan ing tiyang sanès. Sarêng sampun dumugi ing griyanipun mantri wana Orri lajêng manggihi Prabu Tristan saha matur bilih saking panuwunipun para baron ingkang drêngki manahipun dhatêng Prabu Marc, sang pramèswari badhe anglampahi sumpah kados ingkang kasêbut ing nginggil mau.wau. Aturipun Pirinis: Dhuh, satriya, kawula dipun utus ing sang pramèswari angaturi paduka supados dhawahing dintên sang pramèswari anglampahi sumpah punika paduka karsaa rawuh ing ara-ara wau, angagêma panganggenipun pêkir, sampun ambêkta dêdamêl, sarta sampun ngantos wontên tiyang ingkang sagêd nyumêrêpi bilih paduka ingkang namur dados pêkir punika. Paduka dipun aturi rawuh ing pinggiring lèpèn ing papan padununganipun Prabu Artur masanggrahan, ing ngriku paduka badhe sagêd mitulungi sang putri, awit sang putri ajrih sangêt dhatêng sumpah wau, nanging tansah sumendhe dhatêng ing Pangeran Ingkang Maha Kawasa ingkang sampun paring piwêlas dhatêng panjênênganipun nalika badhe kapatrapan ukuman pêjah tuwin sagêd oncat saking wêwêngkonipun kere-kere rumiyin.

Prabu Tristan amangsuli, pangandikanipun: Sadulur enggal baila marang karaton. Matura marang sang pramèswari, yèn ingsun nêdya anglêksanani pamundhute iku.

Kacariyos, nalika Pirinis wangsul dhatêng ing karaton, wontên ing satêngahing wana kapanggih kalihan mantri wana ingkang nyumêrêpi papan padununganipun Prabu Tristan tuwin Sang Putri Isolde kala wontên ing wana rumiyin. Mantri wana wau kalêrêsan sawêg anutupi luwangan lêbêt sangêt, sarana pang-panging kêkajêngan tuwin ron-ronan, supados andhapan utawi sagawon ajag ingkang dipun pasangi botên sumêrêp dhatêng luwangan wau. Mantri wana sarêng sumêrêp dhatêng Pirinis badhe lumajêng nanging botên kabujêng, margi nuntên kajorogakên dening Pirinis, kacêmplung ing luwangan. Wicantênipun Pirinis: Hèh, wong ala, yagene sira arêp lumayu. Sira wus adol kaslamêtane sang pramèswari, mulane wis bênêre sira kacêmplung ing luwangan gaweanira dhewe iku, minôngka kuburira.

Sasampunipun wicantên makatên mantri wana lajêng dipun pênthung ing têkênipun. Sirahipun rêmuk, sanalika pêjah. Mayitipun lajêng dipun bruki ing kêkajêngan tuwin dipun urugi ing ron-ronan.

Kocapa ing dintên katamtuanipun sang pramèswari badhe sumpah wau, sang nata kalihan sang pramèswari tuwin para baron saha para satriya kalerehanipun Prabu Marc bidhal dhatêng ing ara-ara ing tapêl watêsing nagari Cornwallis. Sadumugining pinggir lèpèn dipun urmati dening Prabu Artur sawadyabalanipun, ingkang masanggrahan wontên ing pinggir ngrika. Ing ngriku katingal wontên pêkir satunggil ingkang nuju ngêmis dhatêng para baron utawi satriya ing Carduel. Sang Prabu Marc tuwin sang pramèswari sawadyanipun sami nyabrang nitih baita ingkang sampun kasadhiyakakên. Sarêng baita ingkang dipun titihi sang pramèswari sampun dumugi ing pinggir, sang putri lajêng ngandika: Para satriya, kadospundi sagêd kula mêntas dumugi ing dharatan supados pangangge kula botên kenging ing jêblog, punapa botên wontên tukang baita ingkang sagêd mitulungi anggendhong kula.

Pramila sang putri mundhut gendhong margi baita titihanipun botên sagêd mèpèt ing dharatan, awit taksih sawatawis malih kalihan dharatan sampun kandhas. Nuntên wontên satriya satunggal ingkang angawe [anga...]

--- 740 ---

[...we] dhatêng pêkir wau, dipun undang kapurih nyêmplung dhatêng ing pinggiring lèpèn sarta anggendhong sang pramèswari dhatêng dharatan, wicantênipun: Mitra, mrenea, sadhela. Gendhongên sang pramèswari iku mênyang dharatan, manawa sira kuwat.

Pêkir wau nuntên nyêmplung ing lèpèn, anyakêti baita ingkang dipun titihi sang pramèswari. Sang pramèswari lajêng dipun gendhong. Sang pramèswari ngandika lirih sangêt: Kêkasih kula, mangke wontên ing pawêdhèn ngajêng punika sampeyan andhawah.

Sarêng anggènipun anggendhong sang putri wau sampun dumugi ing dharatan, wontên ing pawêdhèn, pakir wau api-api kasandhung, lajêng dhawah. Sang pramèswari tansah dipun cêpêngi. Para neneman putraning bôngsa luhur tuwin para priyantuning baita sami mêndhêt wêlah utawi prabot sanèsipun badhe kangge anggêbagi pêkir wau, nanging pramèswari ngandika: Aja dimunasika, pêkir iku, karêbèn lunga, mulane tiba manawa saka anggone wis bangêt sayahe, marga wis adoh lêlakone. Sang putri lajêng angalungakên êmas dhatêng pêkir wau.

Ing palataran sangajênging pasanggrahanipun Prabu Artur sampun bineberan babut tuwin sutra-sutra wêdalan ing Nicea, tumumpang ing sanginggiling pasukêtan. Balung-balunging bôngsa kramat inggih sampun kawêdalakên saking ing lêmantun panggenan nyimpên barang-barang ingkang malati wau, kadèlèh wontên ing babut, dipun jagi dening Sang Walewein, Griflet saha Sang Keye. Ing sacêlaking barang-barang ingkang amalati kacawisan latu agêng kangge ambêsmi tosan, ingkang kala samantên sampun mêngangah kados wongwa. Sasampunipun mêmuji dhatêng Ingkang Maha Kawasa, sang pramèswari lajêng angrucat kalung tuwin gêlang ingkang awis sangêt rêginipun punika, awit kajawi saking êmas, agêm-agêman punika sami tinarètès ing sêsotya adi. Nuntên kaparingakên dhatêng kere-kere ingkang sami ngêmpal wontên ing ngriku. Makatên ugi agêm-agêmanipun mêkêna, mantêl, sêpatu, tuwin sanès-sanèsipun inggih dipun rucati, kaparingakên dhatêng kere-kere wau, namung kantun angagêm agêm-agêman rangkêpan ingkang tanpa lêngênan. Sasampunipun makatên lajêng anyakêti papan palênggahanipun Prabu Artur tuwin Prabu Marc. Para baron sadaya sami kèndêl kemawon, gumun aningali tataging panggalihipun sang pramèswari, satêmah sami nangis kamiwêlasên. Kalihan gumêtêr sang pramèswari angasta balung-balunging kramat wau, sarwi ngandika: Sang prabu ing Logres tuwin sang nata ing Cornwallis, Sang Walewein, Keye tuwin Sang Girflet mugi paduka sami karsa anêksèni, kawula sumpah dhatêng balung-balunging bôngsa kramat punika, tuwin dhatêng barang-barang ingkang malati sanèsipun ing sangalam donya punika, bilih botên wontên tiyang jalêr ingkang sampun nate mondhong dhatêng jat kawula, kajawi Prabu Marc kalihan pêkir ingkang dhawah wontên ing pawêdhèn, ingkang sami paduka priksani wau. Prabu Marc punapa sumpah kawula punika sampun adamêl panujuning panggalih paduka.

Sang PrakuPrabu. Marc aparing wangsulan: Iya, yayi, wis cukup. Muga-muga Gusti Kang Maha Agung karsa paring putusan kang adil marang prakara iki.

Sang putri nuntên angucap: Amin. Sasampunipun nuntên anyakêti latu. Tindakipun sêmpoyongan sarta pasuryanipun katingal pucêt sangêt. Tosan ingkang mêngangah wau lajêng dipun pundhut saking salêbêting latu, dipun asta sarta dipun bêkta tindak ngantos sangang jangkah, lajêng dipun uncalakên. Astanipun kêkalih nuntên dipun entha kajêng mrapat (Kruis), èpèk-èpèking astanipun dipun ajêngakên dhatêng sadaya ingkang anjênêngi anggènipun sumpah punika. Sadaya sami ningali bilih astanipun sang putri ingkang kangge ngasta tosan mêngangah wau botên punapa-punapa, malah katingal langkung sumringah tinimbang kalawau sadèrèngipun kangge ngasta tosan mêngangah. Satêmah sadaya tiyang sami mêmuji angluhurakên asmanipun Ingkang Maha Kawasa.

13. Swaraning pêksi ing wanci dalu.

Sarêng Prabu Tristan sampun rawurawuh. ing griyanipun mantri wana Orri lajêng rucat agêm-agêman panganggening pêkir wau. Kala samantên Prabu Tristan anggalih bilih sampun mangsanipun kêdah kesah saking ing Cornwallis kados ingkang sampun kasagahakên dhatêng Sang Prabu Marc nalika ngaturakên wangsul sang pramèswari rumiyin. Kajawi punika sampun botên wontên ingkang andadosakên alanganing tindakipun. Margi sang pramèswari sampun anglampahi sumpah sarta wilujêng. Sang nata asih sangêt dhatêng panjênênganipun. Manawi pêrlu Sang Prabu Artur saèstu badhe karsa atêtulung dhatêng sang pramèswari. Lan malih ing sarèhne sang pramèswari sampun asumpah, badhe botên wontên tiyang ingkang wani angawon-awon malih dhatêng sang putri. Sanajasanajan. Prabu Tristan anggalih makatên, nanging tansah mangu-mangu botên enggal pangkat, ing batos awrat sangêt anilar sang putri wontên ing nagari Cornwallis, pramila tansah angglibêt wontên ing sakiwa têngêning karaton Tintagal. Ingkang makatên wau Prabu Tristan inggih mangêrtos bilih lêlampahanipun punika nguwatosi sangêt tumrap gêsangipun mantri wana Orri utawi tumrap kawilujênganing sariranipun piyambak.

Kawan dintên sasampunipun sang putri sumpah wontên ing ara-ara punika, Prabu Tristan nuntên pamitan dhatêng mantri wana Orri badhe pangkat anilar Cornwallis sarta animbali Sang Corneval pangandikanipun: Dhuh, guru kula, sapunika sampun mangsanipun kula kesah saking ing ngriki. Sumôngga sami kesah dhatêng ing Wales.

(Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 43, 1 Jumadilawal Taun Jimakir 1858, 27 Oktobêr 1927, Taun II.

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [761] ---

Ôngka 43, 1 Jumadilawal Taun Jimakir 1858, 27 Oktobêr 1927, Taun II.

Kajawèn

Kawêdalakên Sabên Dintên Kêmis.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Tanah Jawi Pasisir Lèr, ing tratabaning wana Roban.

[Grafik]

Adining pasawangan ing tanah Jawi pasisir lèr. Wujuding gambar punika sanadyan botên mawi kacariyosakên panjang, sampun sagêd cariyos piyambak mênggahing kawontênanipun.

--- 762 ---

Raosing Tanah Jawi

Tumrap tiyang ingkang kulina ngraosakên dhatêng wujud kawontênaning sawangan kodrat ing ngalam donya, punika sagêd nuwuhakên gagasan angêlangut. Makatên ugi tumrap tiyang ingkang ahli ngraosakên suraosing ukara sae, ingkang mêmêtha kawontênan, lêlampahan tuwin sanès-sanèsipun, punika gêsanging ukara wau ugi lajêng sagêd nuwuhakên panggambaring gagasan, ngantos cumithak wontên ing raos. Ing Kajawèn mêntas ngêmot pangudaraosipun sang pujôngga agung Tagore, pangudaraos wau mawi amêmêtha dhatêng kawontênaning tanah Jawi, ngantos sagêd ngindhakakên ijêming wana ingkang nêmbe kêtingal; kados rimonging widadari, kêtingal ijêm riyu-riyu, adamêl sêngsêming pandulu. Punika mênggahing pangraos, sanadyan tumrap tiyang ingkang dèrèng sumêrêp kawontênaning tanah Jawi, ugi lajêng sagêd anggambarakên wontên ing pangraosipun. Panggambaripun wau sanadyan dèrèng mêsthi plêk, nanging sampun wontên wujudipun.

Ing sapunika gêntos ing Kajawèn ngriki mujudakên gambar, ingkang saèstha kados raosing manahipun tanah Jawi nalika pêpisahan kalihan jiwaning tanah Hindhu (Sang Tagor) ingkang nêmbe angoncati. Kados ing ngandhap punika, mriksanana gambar ngajêng.

Pindha taru katragan ing riris / tanpa manis araras mangarang / puwara ruruh ron-rone / ron rasanirèng tuwuh / yayah sirna datan nabêti / dening wus lalu môngsa / koncatan ing ranu / kang nrambahi mawèh gêsang / sangkin dangu satêmah kêpêksa sêmi / mung kucêm sêmunira //

Pan makatên pindhaning panggusthi / sarasaning bumi tanah Jawa / wus kaworan pamawase / mung rarasirèng dangu / kang umanjing têlênging ati / katonton tabêtira / maksih sarwa tungtum / nadyan salin sipatira / mung tatane têtêp tan owah ing ati / talêse kawistara //

Dhêdhêp tidhêm rasaning dumadi / manggung mèngêt tabêt kang mèh sirna / nênangi mawèh onênge / nadyan kathah pangimur / mung sumamar datan nêtêpi / satêmah dadinira / kandhêg rangu-rangu / dening têkaning kaanan / amung sarwa nênamar matèni wiji / kang wus manjing tan oncat //

Wusing dangu rasa tungtum ugi / gêgayutan orêging pawarta / kang mratani rat têbane / yèku jiwaning Hindhu / kang rinungu sanggyèng dumadi / arsa têtuwi marang / tabête ing dangu / marma ebah tanah Jawa / lir rasaning kasatan aminta warih / ingarah mrih sêmbada //

Dupi palwa prapta anêng tasik / sawanganing bumi tanah Jawa / lir tanggap mulung astane / pinêthuk ngrangkul gapyuk / mung ing sêmu pangling kapati / dening tabêting tata / kadi salin wujud / riwusing têtela nyata / datan samar mring klamar kang manaputi / titih katon têtela //

Ing sumarma pêthuking pangèsthi / tan katara lawan ananira / mung kari ciptane bae / kang maksih bakuh kukuh / kang kadyêku yogyane mangkin / mrih tulus gêgandhengan / tan mawang ing sêmu / sukur kalamun widada / kaanane gathuk datan madal sumbi / kana lan kene nunggal //

Wusing titi dènira ngulati / tabêtira kang wus kawistara / si jiwa muksa pindhane / ngunduri kita wangsul / tanah

--- 763 ---

Jawa arasa sêpi / koncatan rasanira / têmah mawèh trênyuh / kocak ombaking samodra / tumêmpuh ring papèrèng pongoling tasik / sarasèng pangrêrêpa //

Ngrêmbakaning wana têpi tasik / lir mangungak kang wangsul layaran / ron obah pindha kumlawe / ngandhêg kang nêdya kondur / amêmurih têntrêm watawis / mrih pulih onêngira / amung sang linangkung / tan surut dêrênging driya / paksa tulus mung ninggal rasaning ati / têtêp salaminira //

Wênèh kadi pindhaning rayyalit /raryalit. kudu-kudu kêlaluning lampah / nututi maring tindake / yèku lakuning sêpur / sumêngka lir asipat kuping / anjêlèh urut marga / nanging wus kabacut / têmah ing kaananira / sanggyèng laku ingkang kêtêmbèn pinanggih / lir panggugahing jiwa //

Kajênging suraos ing nginggil, cêkakan.

Tiyang Jawi punika mèh ical raosing Hindhu, dening sampun kêdangon, mila kados pêpindhaning têtanêman gêring tanpa angsal jawah. Nanging sanadyan sampun makatên, wantuning gêsang, dados inggih lêstantun gêsang, lan gêsangipun wau pancèn sampun mawi wiji, inggih punika wiji ingkang sampun tumanêm kala rumiyin.

Sarêng jiwaning Hindhu dhatêng, mèh pangling, dening santun sipatipun, nanging lajêng karaos, manawi wijinipun taksih. Mila sanadyan sipatipun santun, sakintên inggih badhe sagêd gathuk, lan kalampahana gathukipun wau sagêda ngrika-ngriki angsal, inggih punika, kawruh kilenan lan wetanan punika sanadyan ingkang dipun tekadakên beda, kaangkaha sagêd gathuk, tanpa angrisakakên tekadipun.

Wusana sapêngkêripun sang nêmbe rawuh, wontênipun tansah damêl ebahing manah.

Katrêsnaning Anak dhatêng Biyung

Candhakipun Kajawèn ôngka 41.

Sadaya pakêmpalanipun para dhoktêr ing salêbêting jajahan Jêpang, ingkang sami badhe nampèni dhatêngipun Dhoktêr Nogusi, ingkang sampun kesah 15 taun laminipun, samangke sami tata-tata badhe angurmati saha angaturakên pambagya wilujêng dhatêng ingkang nêmbe rawuh. Minôngka pakurmatan, ing kitha-kitha Tokiyo, Osaka tuwin ing kitha-kitha agêng sanèsipun, dipun wontênakên dhahar pista. Para sarjana, para ahli pulitik, para hartawan, para sudagar agêng lan sapanunggilanipun, sami angrumaosi manggèn ing kaluhuran, bilih sami sagêd tumut dhahar pista wontên ing pasamuwan pakurmatanipun sang minulya dhoktêr wau. Sadaya pakurmatan pista ingkang dipun wontênakên ing kitha-kitha ing tanah Jêpang wau, ing kitha Minowah ingkang agêng piyambak. Dene kala samantên ingkang sami dhahar pista: guprênuring kitha ngriku, pangarsaning guru agêng ing pamulangan luhur kadhoktêran ing Osaka, pintên-pintên bôngsa sarjana sanèsipun, tuwin para amtênar lan para sudagar agêng-agêng. Dene ingkang dipun piji sami angladosi salêbêting pista wau, inggih punika para waranggana ing Osaka,

--- 764 ---

ingkang sami endah ing warni tur sami sae-sae pangajaranipun. Sang minulya Dhoktêr Nogusi dhatêngipun ing papan pambojanan wau kalihan ingkang ibu, punapa malih kairingakên dhatêng tuwan utawi Nyonyah Kobayasi, inggih punika tiyang kêkalih ingkang sampun anyaèni dhatêng sang minulya kala taksih alit.

Sadèrèngipun dipun wiwiti pista, sang minulya anglairakên gênging panarimahipun dhatêng sadaya ingkang sami mangayubagya saha ngantos ngawontênakên dhahar pista ingkang agêng-agêngan makatên, kanthi sêsorah ingkang mêdal saking manah suci. Ananging sasampunipun, sang minulya lajêng botên kawêdhar pangandika malih dhatêng sintên kemawon, kajawi dhatêng ingkang ibu tuwin tiyang kêkalih kasbut nginggil, saha pangandika wau ingkang kathah namung tumanduk dhatêng ingkang ibu kemawon. Ing môngka sacêlaking kalênggahanipun ngriku kathah para luhur. Ananging tumrap panjênênganipun, kaluhuran, kasugihan saha ingkang sami misuwur ing jagad punika, kaanggêp sanès barang-barang. Ingkang dipun ngandikakakên: Ibu, punika lho eca, miraos, punapa panjênêngan botên kêrsa angicipi. Makatên pangandikanipun sang minulya, sabên-sabên amêndhêt dhêdhaharan lajêng dipun aturakên dhatêng ingkang ibu mawi porokipun. Sampun tamtu ingkang makatên wau dede tatacara ingkang sae tumrap dhahar cara Jêpang, punapa malih tumrap pasamuwan agêng kados ing nginggil punika. Ananging anggènipun sang minulya supe dhatêng tatacaraning dhahar wontên ing pasamuwan agêng punika, jalaran saking katarik dayaning katrêsnanipun anak dhatêng biyung. Sang minulya botên angèngêti dhatêng sanès-sanèsipun, kajawi dhatêng ibu tuwin tiyang kêkalih wau. Panjênênganipun kasupèn, bilih ingkang dipun subya-subya saha kinurmatan wau saliranipun, makatên ugi panjênênganipun kasupèn, bilih panjênênganipun punika satunggiling dhoktêr ingkang sampun kawêntar ing jagad raya. Ingkang dipun èngêti namung katrêsnaning anak dhatêng biyung ingkang sêpuh, saha ingkang lênggahipun jèjèr panjênênganipun, lan tansah angèngêti bilih sampun nate dipun wulang dening satunggiling tiyang sêpuh nama Kobayasi wau. Amila wontên ing ngriku ingkang tansah dipun ajak ginêman inggih namung ibunipun tuwin kadhangkala tuwan Kobayasi saha semahipun kemawon.

(Badhe kasambêtan)

--- [765] ---

[Grafik]

Sisih kiwa nginggil: Ingkang Wicaksana Kangjêng Susuhunan ing Surakarta sakalihan pramèswari dalêm Gusti Kangjêng Ratu Mas, kala rawuh ing kabupatèn Grêsik. Sisih têngên nginggil, kala wontên baita kapal Zeven Propincien ing palabuhan Surabaya.

Sisih kiwa ngandhap, kala rawuh ing palabuhan Kanal (Madura), sisih têngên ngandhap kala wontên ing kabupatèn Bangkalan (Madura).

--- 766 ---

Pêthikan Sêrat Nitisastra Kawi

Candhakipun Kajawèn ôngka 42.

5. Wwang mahayun tri kawehan ing dana daridra kêrpana dumadak danèswara, wwang nustat makadirga jiwita sira sujana dumadak halpakamêrta, wwang dursila susila durnaya wiweka kujana sujana wibagawan. Sang raja sewitèng susenataya sang madu mamilih ulah wiparyyaya.

5. Têtiyang sami kêpengin dipun sukani dana, ananging tiyang sugih sami dados têtiyang ingkang cêthil sangêt, tiyang awon umuripun panjang, ananging para têtiyang utami sami kathah sambekalaning gêsangipun. Wêwatêkan awon kaanggêp sae, tiyang bodho dipun anggêp ingkang maton wawasanipun. Tiyang awon kasamadan ingkang sae, ratu kawasesa ing prajuritipun, botên wontên ingkang amranata bab pilah-pilahing pangkat, kasênênganipun tiyang sami anindakakên pandamêl ingkang lêpat.

6. rugtang campaka cuta candhana wungu bakula surabi nagapuspaka, sakwèh nyan winadung tinor tinutuhan pinagêrakên hipung lawan pilang, brasthang angsa mayura kokila hiningsan mangariwuwu kaka lèn bango, tusthe kang sêrgale niwo winarêgan rudira daging ingkang waranggana.

6. Sakathahing campaka, mango, candhana, wungu, tuwin bakula ingkang arum gandanipun, punapa malih nagapuspa sami dipun risak, dipun têgori, saha lajêng kangge amagêri pung lan pilang, (kajêng kalih warni punika langkung asor) banyak, mêrak, lan pêksi ingkang sae sangêt ocèhipun, sami dipun pêjahi, kasirnakakên, dene ingkang dipun gêgêsang gagak lan pêksi bango, gêsangipun sagawon ingkang dipun ingah ing tiyang, sakeca sangêt, jalaran tansah winêlêg ing êrah tuwin dagingipun lare èstri ingkang ayu-ayu.

7. Sang Hyang Pranala wasniraniyata satus iwu taun ikalaning kêrta, ring treta têka sangsayaksaya dhatêng sapuluh iwu taun sirèrika, sèwwing dwapara ring yuganta sata warsa têmah ika sahasra candrama, yan ring sandyanikang yuganta taun ing yusa satalisa ingan ing urip.

7. Ing jamanipun kêrta laminipun 100.000 taun, ing jaman treta saya suda ngantos kantun 10.000 taun, ing jaman dwapara 1000 taun, tuwin wêkasaning jaman 100 taun, malah namung 1000 wulan. Lan badhe wêkasaning jaman, watêsipun gêsang namung 36 taun.

8. Sang Hyang Pranayan ing kêrtteka taulan kahananira ri madya nityasa, ring tretastisiran pratistha rumakêt kahanan ing urip ing jagad kabèh, yan ring dwapara môngsa lèn swayu lawan rudira kahanan ing urip stiti, yan ring kali anèng kulit wulu wulun kahananira ring anna bojana.

8. Ing jaman kêrta gêsangipun lêstantun wontên ing balung, ing jaman treta dunungipun wontên ing balung, kala samantên gêsang ing sadunya kiyat sangêt, ing jaman dwapara gêsangipun dumunung wontên ing daging, ing otot lan ing êrah, ing jaman kali wontên ing kulit, rambut lan ing têtêdhan.

--- 767 ---

9. Stri sang karananing wiroda ring asit kêrttayuga, sira Dèwi Renuka, ring treta tisayèng prang adbuta nimitaning alaga ta Dèwi Janaki, nguni dwapara baratayuda sira Drupada parama putri kang dani, sakwèhning wanitèng yuganta kaharêp nyamaka karananing prang adbuta.

9. Mênggah ingkang andadosakên jalaraning paprangan punika tiyang èstri, kala ing jaman kêrta, Dèwi Renuka. Ing jaman treta inggih punika wontênipun pêrang ingkang agêng piyambak sarta ingkang anggumunakên, ingkang dados jalaranipun Dèwi Janaki (Sita), ing jaman dwapara putranipun Prabu Drupada ingkang ayu sangêt, punika ingkang anjalari prangipun para barata. Sadaya têtiyang èstri wau ing pungkasaning yuga ingkang sami anjalari wontênipun paprangan ingkang anggumunakên wau.

Sadulur Sinarawèdi

Limrahipun sabên wontên tiyang apasadherekan ingkang sampun supêkêt sangêt, punika anggèning pasadherekan wau lajêng dipun wastani: sadulur sinarawèdi. Dados dipun upamèkakên kadosdene sadhèrèk, ingkang namung manggung sae kemawon pangrêngkuhipun, dening sampun kaanggêp awakipun piyambak, utawi awak kalih dados satunggal, sampun sami sêrêp-sinêrêpan sabarang-barangipun, tanpa subasita.

Pramila bilih wontên tiyang mungêl: sadulur sinarawèdi, tamtu anggadhahi têgês sae sangêt. Ananging sarêng dipun ilang-ilangi jêbul wontên kalamangsanipun, têmbung wau anggadhahi têgês akosok wangsul balêjêt, inggih punika awon sangêt, tur tumanduking êmpanipun sami, supêkêtipun inggih sami, malah kapara anglangkungi.

Sumôngga, para maos, panjênêngan sadaya rak tamtu sampun kêrêp amrangguli: swaraning tiyang rame-rame, brohak-brohok, lampahipun galuyuran, panganggenipun pating slêbrah botên kantên-kantênan, botên idhêp isin. Hara, kula aturi ambadhe, punika tiyang punapa namanipun. Panjênêngan tamtu lajêng gampil kemawon ambadhe: tiyang ewah èngêtanipun. Na, inggih lêrês punika, nanging dèrèng plêk. Mênggah salêrêsipun, punika: tiyang mêndêm inuman kêras (ciu, sajêng, konyak lan sasaminipun).

Dene tiyang ingkang atindak saru wau, saking anggènipun trêsna dhatêng mitranipun sinarawèdi. Nalika inuman kêras punika dèrèng manjing dados sadhèrèk sinarawèdi, sabên dintên anggènipun miluta mêmikat dhatêng manahing manusa, wasis lan tarampilipun angungkuli panggodhaning dakjallaknat dhatêng bapa Adam (Sêrat Ambiya), satêmah sintên tiyangipun ingkang lajêng sami kèlu ing pikat kancana wau, botên antawis dangu malih tumuntên gadhah mitra utawi sadhèrèk sinarawèdi, ingkang têgêsipun akosok wangsul, inggih punika babar pisan tanpa wontên pitulunganipun, malah namung tansah anjêjarah iman lan amrithili ancas kautamaning manungsa.

Bilih manusa sawêg nandhang kasangsaran, kasusahan utawi manggih èwêd-pakèwêd, jamakipun sadhèrèk [sa...]

--- 768 ---

[...dhèrèk] sinarawèdi wau tamtu lajêng angêtog budi sarosa amitulungi, murih sagêda angêntas kasangsaran tuwin anyirnakakên èwêd-pakèwêd wau. Ananging mênggah pitulunganipun sadhèrèk sinarawèdi satunggalipun, punika mawi milih, inggih punika manawi manusa pinuju sênêng manahipun, pinuju gêgadhahan, botên manggih èwêd-pakèwêd, ing ngriku lajêng jumêdhul tanpa sangkan, mindhak-mindhak anandukakên ulat manis ingkang angrêsêpakên, manawi dipun langgati lajêng tansah anggêgasah lan amêtiki karna kemawon (ayo, sèh, gobe, aja wêdi, mumpung isih urip, Pacinan isih bukak). Makatên dipun talatosi pangicuk-icuking sadulur sinarawèdi wau, ngantos sagêd kasêmbadan sêdyanipun anggulêt manusa angungkuli antu duwal payal kêkêt rumakêting pamulêtipun. Satêmah ingkang sami kenging kala luwang sami cilaka gêsangipun, tansah kaèsi-èsi ing akathah.

Adhuh, nyuwun pangapuntên. Kaluhuran sangêt dhawuh pangandikanipun para sêpuh tuwin cocog kalihan wêwarah wêwalêring sarak punapadene piwulangipun para ahli:

Sanadyan mung satètès, aja kongsi lambemu kalêbon alkohol (inuman kêras).

kawêgiganipun sadulur sinarawèdi angrampèk manusa:

Anuju satunggiling dintên, pun A badanipun karaos asrêp, punika jalaran saking atur panuwuning mitranipun wau, lajêng botên sarônta, cêg, nyêpêng kênthi lan gêlas alit, dipun ilingi isining kênthi wau sakêbêkipun saha têrus kaombe: glênggêng. Byar guwaya sumringah, badan karaos angêt. Sumbaripun: Ta, angêt ora saiki. Ayo sagêlas êngkas: glênggêng. Ngantos rambah kaping tiga sakawan gêlas utawi langkung pangombenipun, badanipun lajêng karaos bêntèr, sirah posing plêng-plêngan, pandêlêng bliyar-bliyar, ungêlipun kumruwuk, salajêngipun kados ingkang kula aturakên ing ngajêng polahipun tiyang mêndêm.

Miturut dhawuhipun para sêpuh ingkang pantês dipun estokakên:

Manawa sira ngêlak, ngombea banyu kang rêsik, awit iku munpangate marang awakira ngungkuli ombèn-ombèn sing adi aèng lan kang larang-larang rêgane.

Dhawuh makatên punika saya agêng sangêt barkahipun tumrap ing jaman iwit-iwitan samangke punika, malah botên namung ambarkahi dhatêng gêsangipun pribadi, inggih tamtu lubèr dhatêng sakukubanipun.

Gêgolonganipun para mudha wontên ingkang sok nyoba awak, bilih pinuju kêmpal lajêng sami ajar unjuk-unjukan inuman kêras, murih katingal barêgas, saya anggrêngsêngakên utawi mêwahi giyaking pakêmpalan ngriku (cariyosipun) punika manawi kalêgutakakên, prasasat para mudha wau: angêmohi dhatêng uripipun, ingkang tansah dipun eman-eman, saha ingkang sajatosipun, saupami dipun tari tamtu êmoh lara, êmoh wirang, êmoh mlarat, êmoh asor, sapiturutipun. Dados namung nêdha sarwa sarwi kasêmbadan, punapa malih kawastanana tiyang utami. Taksih wontên candhakipun.

Pun Wa.

--- 769 ---

Sedan

Nalika ing dintên malêm Akat angrintênakên tanggal kaping 12 wulan Rabingulakir taun Jimakir 1858. Utawi tanggal kaping 8 Oktobêr 1927, wanci jam 10 langkung 10 mênit, Radèn Tumênggung Atmadiningrat, abdi dalêm bupati nayaka gêdhong kiwa, seda jalaran gêrah inpluwinsah dumugi yuswa 62 taun, dintênipun Sênèn wanci jam 9 enjing, layon kasarèkakên dhumatêng ing dhusun Tirip, ingkang rawuh nglayat para luhur kathah sangêt, mèh abdi dalêm sa-Surakarta sami nglayat sadaya, ingkang dumugi ing kubur inggih kathah sangêt, sarampungipun layon kakubur, pangagênging parentah karaton, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda, mawi mangandikakakên, makatên:

[Grafik]

Nalika layon badhe kaangkatakên.

Kula parlu amêdharakên saraosing manah kula, nalika dintên malêm Ngahat kula tampi tilpun balih Radèn Tumênggung Atmadiningrat tilar donya, mila sangêt andadosakên kagèt sarta pangunguning manah kula, botên nyana babar pisan, dening botên dangu sakitipun, utawi botên ngantawisi bilih ngantos kalajêng tilar donya. Tumrap kula, tilaripun donya Radèn Tumênggung Atmadiningrat wau kajawi kecalan kônca, prasasat ical bau kula têngên, samôngsa-môngsa kula pamit, pandamêlan kula katindakakên Radèn Tumênggung Atmadiningrat [Atmadi...]

--- 770 ---

[...ningrat] punika manah kula sampun botên anggadhahi sêmang-sêmang, saking anggènipun sampun anyêkapi anindakakên pandamêlan kula. Nalika kula sawêg dados pangagênging parentah karaton rumaos taksih dèrèng nyumêrêpi kawontênan sarta tumindakipun ing karaton sadaya, sabên dintênipun piyambakipun tansah dados pitakenan kula, saking anggènipun suwita wontên ing karaton sampun lami, ngantos sagêd têrang kawontênanipun karaton sadaya, sarta prasasat dados pitakenanipun tiyang sakraton.

Kula badhe anggêlarakên sawatawis lêlampahanipun Radèn Tumênggung Atmadiningrat. Anggènipun suwita wiwit bibar têtak, minggah-minggah pangkatipun ngantos dados abdi dalêm bupati gêdhong kiwa punika kintên-kintên sampun 45 taun, dene wiwitipun suwita wau nalika taksih swargi Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Ingkang Kaping IX sampun anindakakên nyêpêng arta, sarêng jumênêng dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Ingkang Kaping X punika lajêng kagêm wontên ngarsa dalêm, anindakakên prakawis rèmèh dumugi ingkang parlu, sarta taksih anindakakên nyêpêng arta. Sarêng wiwit tatanan enggal karaton, lajêng dados kondhang kula: angèngêti lêlabêtan sarta rumêksanipun ing karaton tuwin salira dalêm, salêbêtipun dados abdi dalêm bupati ordhênas kaganjar sri nugraha pangkat III mênggah anggèning Radèn Tumênggung Atmadiningrat nindakakên padamêlan, panyêpêngipun paprentahan jêjêg, ngadil, botên ambaukapine, manawi wontên kalerehanipun ingkang lêpat, lajêng dipun srêngêni, nanging lajêng kasulang-sulangakên, tindakipun tumêmên, nalika salêbêtipun nyêpêng kagungan dalêm arta wilujêng: srêgêp, salêbêtipun kula dados pangagêng parentah karaton laminipun: 10 taun, prasasat botên nate pamit, sanadyan gadhah parlu piyambak utawi sakit sawatawis inggih mêksa sowan. Wêkêl ajêng dhatêng pandamêlan, botên ketang rêkaos dipun lampahi kanthi tumêmên, botên nate ngêsah, manahipun limrah, sarta wêlasan. Sarèhning anggèning suwita wiwit panakawan, dados sampun nate angraosakên wajib sadaya pandamêlan, wiwit pangkat alit ngantos pangkat agêng, dados sadaya pandamêlan tumrap dhatêng kalerehanipun sagêd dumugi prayogi. Mila satilaripun donya Radèn Tumênggung Atmadiningrat, kula sarta sakalerehanipun sadaya prasasat kadosdene kecalan tiyang sêpuhipun.

Radèn Tumênggung Atmadiningat, dina iki pungkasane lêlakon pakênira ana ing donya, urip pakênira wis anindakake apa bênêre, aninggal lêlabuhan sarta kabêcikan, mungguh pasuwitan pakênira sarta kabêcikan pakênira bakal dadi pèngêtane karaton, apa manèh manira sarta tumrap kônca-kônca, pamitran pakênira, mêsthi bakal eling marang kabêcikan pakênira, saiki pakênira wis mulih marang kalanggêngan, muga roh pakênira tinampan ing ngayunaning Pangeran sarta jinêmbarna ing kubur pakênira.

Inalilahi wa ina ilaihi rajiun.

--- 771 ---

Jagading Sato Kewan

[Grafik]

Gambar anak sima (sima ênèm) ing wana.

Manawi para maos amriksani gambar sima, tamtu lajêng kèngêtan dhatêng paribasan ingkang mungêl makatên:

Yèn patining manusa, kang kari mung asma (jênêng). Yèn patining singa, kang kari mung crêma (walulang).

Mênggah pikajêngipun paribasan makatên wau, minôngka panggugah utawi pangèngêt-èngêt dhatêng kula sadaya, salêbêting gêsang wontên ing ngalam donya, sami anggayuha dhatêng kautaman, sagêda namanipun lêstantun tansah arum angambar, kadya gandaning pita mawar mêgar ing wanci bangun enjing, amurakabi anak putu ing têmbe wingking.

Wontên malih môngka sudarsananing agêsang, kasêbut ing Sêrat Rama (Yasadipuran) wêdalan Bale Pustaka, kaca 20, pêthikanipun kados ing ngandhap punika. (Sêkar Mijil):

Yèn sira yun amukul prajadi / miliha kang kinon / punggawa kang lir singa lêkase / singa iku yèn amawi kardi / solahe awingit / tan arsa kadulu //

Yèn anêdya amrih bêbayani / nanging jrih ing ewoh / yèn anêdya mrih kinèdhêp bae / graning krura solah gêgilani / lir ambengkas urip / mung amrih panungkul //

Iku wignyane singa prayogi / waskithèng pakewoh / …

Makatên piwulangipun Prabu Bathara Rama dhatêng ingkang [ing...]

--- 772 ---

[...kang] rayi Radèn Brata, nalika nusul dhatêng wana, angaturi kondur ingkang raka.

Dados sanadyan sima punika tumrap manusa: prasasat namung ambêbayani kemawon, ewasamantên mênggahing raos, miraos sangêt dhatêng bêbudèn utawi wêwatêkan ingatasipun tiyang ulah kaprajan.

[Grafik]

Punika gambaripun Nonah Gudrun Kroegsaed, wanita ing Norwègên. Jalaran wiwit alit tansah kêkinthil bapakipun sudagar ingkang tansah alêlayaran, pramila nonah wau ngantos paham dhatêng sadaya lampah lautan. Kajawi punika nonah wau ugi lajêng nêmpuh èksamên sagêd angsal sêrat partisara, dados sarèhning têtela botên madal sumbi malih, nonah wau kalêstantunakên dados pangagênging kapal. Salaminipun sawêg satunggal punika wontên satunggiling wanita sagêd dados kaptin kapal.

[Iklan]

--- 773 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng Bab Pigunanipun Bale PuskakaPustaka.

ingkang Kawrat ing Sêrat Kalawarti Swaratama

(Sambêtipun Kajawèn ôngka 42)

Petruk : Wis, Rèng, têrusna pamacamu, sajake kok gandêm pangalêmbanane.

Garèng : Iya bêcik, rungokna ya, dak banjurne: bab kamajênganing Bale Pustaka katingal saking anggènipun mêndhêt sêtèl (Stijl) enggal, sadaya kadamêl sarwa pèni lan nênarik tuwin saking anggènipun anjêmbarakên têba, ondêrnèmên (Ondernemend) sarana reklamê lan otobês kangge idêr lan sapanunggilanipun.

Petruk : Mêngko sik, Rèng, aku arêp nyêlani sathithik, nèk rumasaku ora mung Bale Pustaka bae sing nganggo sêtèl anyar, sanajan sing mêntas kok waca kuwi ya nganggo sêtèl anyar, tandhane akèh têtêmbungane sing aku durung mrangguli, kaya ta: sêtèl ondêrnèmên, reklamê lan sapiturute. Dhèk aku isih cilik iya wis tau mrêgoki sêtèl anyar, yokuwiyakuwi. sawijining bôngsa Tionghwa omong-omongan karo sobate priyayi Jawa, mungguh omonge mau mangkene: Dèn Bèi Sitèn, kalo kêbêtulan kiyah-kiyah dhi kota, bok ya pinarak dhi pondhokan saya.

Garèng : Lho, Truk, kowe aja kliru tômpa, têtêmbungan mônca mau ing tulisan Swaratama kono mung kanggo ngantêpake têmbung.

Petruk : Hêm, nèk rumasaku sarèhning ana têmbunge Jawa, bok ya aja nganggo têmbung mônca, kajaba ta yèn ora ana, kuwi aku ya ora maido. Mara ta rungokna, apa ya kêpenak nèk calathu mangkene kiyi: Mêngko sore aku arêp dolan nang sinèsêkam. Lho, têmbunge Jawa rak ya ana, yakuwi Pacinan, la kok sêmang dicara Landakake.

Garèng : Wis, wis, kok banjur kêbanjur-banjur, saiki tak banjurne anggonku maca. Bab anggone Bale Pustaka ngêdolake buku-buku kantor guprêmèn liyane, lan anggone Bale Pustaka mangun redhaksining kalawartine, ing kene ora prêlu dirêmbug. Saiki tak wiwitane maca bab-bab kang andadèkake gêlane pangarang ing Swaratama, yakuwi mangkene: namung sangêt anggêlakakên, dene buku têmbang Jawi kasêrat mawi aksara latin, sami sanalika ical wujudipun. Bab punika kawon sangêt kalihan trajangipun Tan Khoen Swie ing Kêdhiri.

Petruk : Wiyah, iki arane rak mêrangi tatal anggraji awu, wong barang wis dirêmbug, wis diputus, mbok iya abis prêkara, kathik dibolan-balèni, rak iya ambosêni, ta.

Garèng : Yah, iya ora prêlu pêcuca-pêcucu, [pêcuca-pêcu...]

--- 774 ---

[...cu,] wis tak têrusne anggonku maca, rungokna: pirabara dipun wêwahi pêpasrèn kados buku De gelaarsde Kat (kucing sêtiwêlan) malah botên, malah dipun brindhili, dipun purih mungêl sahadat latin, kirang waspada nun.

Petruk : Hêm, rêmbuge kok sajak ora kêna dipathoki ngono. Padhane sawijining guru mulang murid-muride mangkene: He, bocah-bocah, tak kandhani ya, poma uripmu ati-atinên, aja sok dhêmên jajan, aja sok dhêmên nonton, aja sok dhêmên ngabotohan, aja royal lan sapiturute, amarga kajaba ngrusak badanmu dhewe, dinêlêng mula nistha bangêt. Guru sing mulang mangkono kuwi pantêse iya pêngpêngan lan alim têmênan, e, jêbul-jêbul sabên dina ngiras bakmi nang Pêcinan, yèn ana pasar malêm, ora tau nang ngomah, dhêmên anyinau pêrange kasutkisut. lan kucing, nganti utange rindhil, dalasan sêlire bae pating tlècèk. Êmbuh yèn guru mau pancèn diwajibake mulang kabêcikan marang muride, ananging tumrap awake dhewe ora prêlu nglakoni kabêcikan. Ngolok-olok dongèng Jawa ditulis latin, salirane dhewe anggone kutbah nganggo aksara latin.

Garèng : Wis sêtop, kok banjur kêdawa-dawa. Tak banjurne manèh unining tulisane: Lêrês kathah ingkang muring-muring, sarêng brêngos Jawi sumêrêp Sêrat Rama - candhake banjur ukara basa dhidhong nèk-nèke, ora prêlu tak caritakake nang kene - mak plênyèk dipun sêrat latin. Kêdêrêng ngoyak kawruh, kita sawêk nênêngênakên sastra latin, botên ngoyak Kawi utawi têmbang, lajêng ngêkêp sastra latin. Klèntu priyantun.

Petruk : Wadhuh sari lae, anggone ngarani kliru kuwi le mantêp, bok êmpun ngotên ta priyantun. Rak ya kudu ngilingi, yèn panêmune siji-sijining wong kuwi beda-beda, kaya ta: nèk panêmuku sarapan sêga wadhang karo gorengan, blênyik, apa manèh sambêle bawang, kuwi rasane nyamlêng bangêt, la nèk rama ora, karêmane sarapan sêga wadhang, lawuhe dhèndhèng ragi, sambêle tempe bosok. Hara, bapa karo anak bae panêmune wis beda-beda, apa manèh wong liya.

Garèng : Yèn omong pungkasane kok mung badhogan bae. Rungokna manèh: margi sampun ngantos ngewahi adat, banjur nganggo ukara dhidhong manèh, yakuwi: Adatrech is en blijft recht mungguh têgêse kira-kira mangkene: adat sing wis diwênangake kuwi lêstari dadi wawênang.

Petruk : Adate wong Jawa kuwi dhèk biyèn ngingu rambut lan kadhal mènèk, ananingananging. saikine kok banjur bukak taocang kathik banjur potang pulkah.

Garèng : Wis, wis, kok banjur rupa-rupa sing dirêmbug, besuk bae manèh padha dibanjurake.

--- 775 ---

Nyuwun Sêsêrêpan

Ing ngandhap punika pitakenanipun sadhèrèk Suprapta ing Imagiri saha wangsulanipun redhaksi:

1. Sintên ingkang wênang milih warga rad kawula, utawi gêdhêlêgirdhê. Sarta pamilikipun sarjana ingkang kados punapa.

1. Ingkang kawênangakên milih warga rad kawula punika: lokalêradhên: gêmintêrad gêwèstêlêkêrad, rêgènsêkaprad. Ananging propinsialênrad botên kawênangakên milih warga rad kawula. Dene pilihan wau tumrap lokalêradhên, ingkang milih warga rad kawula bôngsa Walandi inggih lidipun Walandi, bôngsa pribumi inggih lidipun bôngsa pribumi.

Gêdhêlêgirdhê, punika ingkang milih saha ingkang anêtêpakên polêksrad piyambak. Dene ingkang kenging kapilih dados warga polêksrad, punika tiyang ingkang sampun umur 25 taun saha ingkang kêbawah ing nagari Walandi, mirsanana Art. 55.

2. Punapa pituwasipun para warga rad kawula sarta gêdhêlêgirdhê.

2. Warga rad kawula angsal pituwas arta sabên salênggahan f 30.- gêdhêlêgirdhê tampi balônja sabên wulan f 1000.- dene manawi lênggah ing parêpatan polêksrad, ugi nampi pituwas arta salênggahan f 30.-

3. Punapa tiyang Jawi ingkang pêngajaranipun sami kalihan bôngsa Walandi, pangkat ugi sagêd sami. Kados ta ingkang angsal dhiploma, grut amtênar, uf aktê, tuwin sanès-sanèsipun.

3. Inggih têmtu kemawon, mirsanana B.B.L.

4. Punapa bèntênipun, bôngsa Jawi kalihan Walandi, sami pangkatipun, têka blanjanipun beda.

4. Bôngsa Jawi kalihan Walandi manawi pangkatipun sami, blanjanipun inggih sami.

5. Kadospundi pranatanipun, kangge organ kita: Kêjawèn, manawi wontên sadhèrèk ingkang manjurung karanganipun sagêd kapacak. Angsal pituwas (honorarium) punapa botên.

5. Sadaya panjurung dhatêng Kajawèn, botên angsal pituwas, namung manawi ngaturakên gambar angsal pituwas samurwatipun.

6. Mêthik sêrat kabar lajêng dipun lêbêtakên sêrat kabar sanès, mawi idinipun pêngarang punapa botên.

6. Botên pêrlu, nanging kêdah dipun têrangakên pêthikan saking sêrat kabar punapa, kajawi manawi wontên wawênanging pangarang ingkang dipun ayomi ing anggêr sarta wawênangipun kasêbut ing karanganipun.

7. Jalaran kadospundi? Manawi sade minuman kêras kêdah mawi sêrat idin saking parentah (vergunning).

7. Ingkang wajib maringi idin tiyang sade inuman kêras, punika dede pamarentah, ananging gêmintê, prêlunipun angistiyari murih botên patos kathah tiyang sade inuman kêras, ingkang andadosakên karisakaning ngakathah.

8. Kangge tanah Kajawèn, Ngayogya, Surakarta (Vorstenlanden) punapa kenging tiyang pibumi, nanêm rosan, wontên ing siti pasabinan.

8. Kenging, nanging rosan wau botên kenging kasade dhatêng pabrik.

--- 776 ---

KRONIEK

Kabar warni-warni

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès

Sêrat kabar Darmakôndha martosakên, bilih Tuwan Subyarta, anakipun Mas Ngabèi Wirasumarsa, abdi dalêm mantri kadipatèn anom ing Surakarta, ingkang sinau wontên pamulangan inggil têtanèn ing Wagêningên, nagari Walandi, mêntas putus eksamênipun pungkasan, sarta angsal sasêbutan: insinyur têtanèn.

Sêrat kabar Sêdyatama martosakên, bilih intêrnat Budi Utama ing Ngayogyakarta, sampun kaidèn ing guprêmèn, kawrat kêkancingan tanggal 14 Oktobêr 1927 ôngka 26.

Jalaran badhe wontênipun parêpatan kabangsan ing Bandhung benjing wulan Dhesèmbêr ing ngajêng punika, pangrèh P.S.I. grup Ngayogyakarta, nêdha supados anggènipun ngawontênakên parêpatan wau kapindhah dhatêng Ngayogya, miturut pawartos Sêdyatama, panêdhanipun pangrèh P.S.I. ing Ngayogya botên kacondhongan, awit parêpatan ing Bandhung punika prêlunipun anyêlaki lid-lid polêksrad, sarta bôngsa intêlèk kathah ing Bandhung, dados upami wontên ing Ngayogya kathah kawratanipun.

Miturut wara-wara, wiwit Oktobêr punika tiyang ingkang badhe numpak sêpur klas I utawi klas II sami kenging mêling papan rumiyin. Murih mêsthi angsalipun papan ingkang langkung sakeca, dumugi têngahanipun wulan punika, tumrapipun margi sêpur ingkang sisih kilèn, ingkang sami mêling papan rumiyin, ing klas I - 100, ingkang klas II - 232.

Ing Tugu, Ngayogyakarta wontên pakêmpalan Kêthoprak bôngsa Tiyonghwa, ingkang nama Kridhaning Cipta Kawêdhar, kabaripun pintên-pintên wontên ing wêkasaning wulan Oktobêr punika, pakêmpalan wau badhe damêl têtingalan darma wontên ing gêdhong kumidhi Gôndamanan. Dene angsal-angsalanipun rêsik ingkang 40 prêsèn badhe kadarmakakên dhatêng pamulangan Tiyonghwa Hwèkwan, ingkang 40 prêsèn malih malêbêt kasipun piyambak, ingkang 20 prêsèn dhatêng griya miskin Ngayogya.

Wontên kabar, bilih pandamêlipun pandangon pangonan kangge jangkêpi pirantosipun ambucal dhoktêr Cipta Mangun Kusuma: sampun rampung, sarta sampun kaladosakên dhatêng rad pan Indi. Badhe katitipriksa prêlunipun rumiyin.

Manawi usul saking pulisi Bandhung, dhoktêr Cipta supados kabucala dhatêng Dhigul, nanging parentah botên nyondhongi. Dhatêng pundi dhoktêr Cipta anggènipun badhe kabucal, samangke dèrèng kasumêrêpan.

Wontên pawartos, bilih angsal-angsalanipun Yarmarêk ing Têgal salêbêtipun gangsal dintên langkung f 850.-, tinimbang angsal-angsalanipun Yarmarêk kala ing taun 1925. Angsal-angsalanipun ing têngah-têngahaning Yarmarêk kala ing taun 1925 wontên f 8515.65, ing môngka ing têngah-têngahaning Yarmarêk ing taun 1927 wontên f 9378.06.

Dèrèng dangu punika pèl pulisi ing Brêbês wontên ing Balapulang nyêpêng tilas up mandhor gêwèstê lêkêwèrkên ingkang dèrèng watawis lami punika miruda kanthi ambêkta arta f 1200.-, inggih punika arta prêlu kangge ambayari kuli.

Aneta martosakên saking Medhan, bilih pulisi rêsèrse wontên ing baita kapal Van Heutsz ingkang kala punika labuh wontên ing palabuhan Bêlawan, angrampas candu pêtêng kathahipun 1200 tail.

Aneta martosakên, bilih wontên ing Subang pulisi sampun nyêpêng tilas punggawa pagantosan guprêmèn nama: Martasênjaya, ingkang kalêpatan sampun anyalingkuhakên arta guprêmèn kala anyambut damêl wontên ing pagantosan guprêmèn ing Bangil, kintên-kintên 3 taun sapriki.

Dèrèng dangu punika pilisi ing Batawi nyêpêng satunggiling tiyang Tiyonghwa, ingkang kalêrês nginggahakên satunggiling pêthi isi candu pêtêng 100 tail. Candunipun nuntên karampas, dene bôngsa Tiyonghwa wau lajêng katahan wontên ing pakunjaran.

Wontên pawartos, bilih ingkang katêtêpakên dados ajung translatur ing Ngayogyakarta, anggêntosi Radèn Sujana Tirtakusuma, ingkang kawisudha dados translatur, kados ingkang sampun kasbut ing Kajawèn ingkang rumiyin, inggih punika: Tuwan Kusnan Sastradipraja, ingkang suwau lirling translatur.

Saking budidayanipun Tuwan Parta Amisena, komis buwèn ing Tanggêrang, kala malêm Sêlasa ingkang kapêngkêr punika, ing kamar bolah Tanggêrang dipun wontênakên parêpatan, ingkang sêdyanipun angrêmbag bab adêgipun pamulangan H.I.S. sadaya ingkang sami anjênêngi parêpatan wau, sami anocogi dhatêng sêdya ingkang saklangkung utami punika, sarta sumêdya nyuwun darma dhatêng pundi-pundi, makatên ugi pamarentah sampun angidini pangintunipun wara-wara nyuwun arta darma dhatêng sakathahing ondêr dhistrik.

--- 777 ---

Benjing salêbêtipun wulan Nopèmbêr ing ngajêng punika, up bêstir Muhamadiyah badhe yasa pamulangan H.I.S. wontên ing Walikukun, sacêlakipun kitha Ngawi inggih punika anglêksanani panêdhanipun têtiyang ngriku.

Sêrat kabar A.I.D. mirêng pawartos, bilih ing Ngayogyakarta badhe dipun wontênakên intêrnat tumrap para kênya darah Pakualaman. Maksud ingkang makatên wau badhe kabantu dening Nyonyah Van der Linde ing Dêmak Ijo. Ing intêrnat punika badhe kawulang panyêpêngipun bale griya, ingkang katampi ing intêrnat punika ingkang kapêrlokakên rumiyin para kênya darah Pakualaman, dene manawi wontên panggenan para kênya sanèsipun ugi sagêd katampi, ananging asor-asoripun kêdah anggadhahi sasêbutan: radèn ajêng.

[Grafik]

Nginggil punika panganjuring juru mabur bôngsa Walandi têtiga, ingkang dèrèng dangu punika wangsul malih dhatêng nagari Walandi, inggih punika saking kiwa manêngên: Tuwan G.M.H. Frijns, lidnan L.A. Koppen tuwin Tuwan S. Elleman. Saking kitha Amsêtêrdham (nagari Walandi) dumugi ing Batawi namung dipun lampahi 10 dintên. Ing môngka manawi numpak baita saking nagari Walandi dumugining Batawi punika lampahan kirang langkung sawulan, dados rikating lampahipun masin mabur punika tikêl tiga tinimbang baita kapal. Juru mabur têtiga wau, angajêng-ajêng wangsulipun dhatêng nagari Walandi sagêda linampahan 10 dintên.

Tumrap panitipriksa kawontênanipun ing kampung-kampung ing kitha Batawi, Sêmarang, Surabaya, Cirêbon, Bogor lan Makasar, nagari samangke anyêdhiyani arta kathahipun f 60.000.- saking angsal-angsalaning paniti priksa wau, salajêngipun nuntên badhe ambudidaya kadospundi cara-caranipun anyaèkakên kampung-kampung wau.

Wontên pawartos, bilih kontrolir agrarisêsakên ing Ngayogyakarta, Tuwan Samethini dipun lêpas saking pangkatipun amargi kadakwa sampun nampi arta bêsêl, punapa lêpasipun wau kanthi urmat utawi botên, punika badhe katêmtokakên ing têmbe.

N.V. Volkshuisvesting ing Batawi, inggih punika satunggiling bêbadan ingkang abudidaya angêdêgakên griya-griya tumrap têtiyang kitha kasbut, tumrap têtiyang pribumi sumêdya ngêdêgakên griya-griya urutipun margi trèm. Samangke ing Pêtaja Ilir sawêg wiwit dipun iyasani griya 24, kajawi punika ugi yasa griya lajuran kathahipun 8 lan malih ingkang prênahipun wontên ing pojoking margi, ingkang badhe kasewakakên kangge ngêdêgakên toko. Sewanipun griya-griya wau wontên ingkang f 2.50, f 6.50, f 11.50, ngantos f 17.50. ing dalêm sawulan-wulanipun. Wragadipun angêdêgakên griya-griya wau dalah sitinipun pisan kintên-kintên wontên f 100.000.-.

Kajawi punika sampun dipun wontênakên rancangan badhe yasa griya pondhokan cacahipun 258 lan griya lajuran 36, mênggah prêlunipun badhe kangge nyobi punapa griya-griya ingkang makatên wau sampun anyêkapi tumrap kabêtahanipun têtiyang pribumi. Dene wragadipun kaetang kalihan sitinipun pisan kintên-kintên wontên f 160.000.-. Papanipun griya-griya wau wontên ing sacêlakipun lèpèn Krukut, lajênganipun lantrufèli.

Pakêmpalan Mudha Kristên Jawi, inggih punika pakêmpalanipun para sadhèrèk Jawi Protestan, wiwit benjing Januari ngajêng punika, badhe ngêdalakên sêrat kabar mawi basa Jawi, Mlajêng sarta Wlandi.

--- 778 ---

FEUILLETON

Lêlampahanipun Prabu Tristan lan Putri Isolde

24

Trêkadhang gulunipun katingal pêthak kados kapuk ingkang dipun wusoni. Manawi kasawang saking wingking katingalipun ijêm royo-royo kados lunging ron-ronan ingkang kasorotan surya ing wanci enjing. Manawi kasawang saking ngiringan katingal abrit. Saking iring sanèsipun katingal jêne. Wêtêngipun biru, gêgêripun abrit. Nanging manawi dipun sawang sakêdhap kemawon rupinipun molah-malih antawisipun: pêthak, ijêm, jêne, biru, abrit sarta gilap. Sagawon wau kinalungan rante êmas, ginantungan jam wasiyat ingkang ungêlipun kados orgêl, sakeca sangêt dipun mirêngakên. Sarêng Prabu Tristan mirêng swaraning jam wasiyat punika, sanalika lipur panggalihipun, botên kèngêtan dhatêng kasusahanipun, punapa malih anggènipun gandrung dhatêng Sang Putri Isolde inggih sagêd, blas ical sanalika. Makatên kasiyatipun jam wasiyat wau. Kala samantên Prabu Tristan angêlus-êlus gêgêripun Petit Cru, wulunipun alus sangêt ngantos kados baludru. Ing ngriku Prabu Tristan lajêng tuwuh panggalihipun bilih Petit Cru punika utami sangêt manawi kaparingakên dhatêng Sang Putri Isolde supados sampun nandhang prihatos utawi wuyung kados sariranipun, sadèrèngipun mirêngakên suwaraning jam wasiyat punika, sarta saiba bingahing panggalihipun sang putri, manawi tampi kintunan dolanan ingkang saèstunipun inggih dhasar sae tiningalan punika. Nanging kadospundi sagêd dipun kalampahan, awit hèrtoh Gilain asih sangêt dhatêng Petit Cru punika, manawi dipun pundhut saèstu botên badhe kaparingakên.

Anuju satunggiling dintên, Prabu Tristan matur dhatêng hèrtoh Gilain pangandikanipun: Hèrtoh, manawi wontên tiyang ingkang sagêd amêjahi sang Urgan de Wildeman ditya ingkang tansah mêksa dhatêng paduka nêdha bulubêkti punika badhe paduka paringi ganjaran punapa.

Hèrtoh Gilain amangsuli: Satriya, manawi wontên tiyang ingkang sagêd ngawonakên ditya punika, badhe kula purih amilih barang-barang darbèk kula ingkang wontên salêbêting karaton utawi nagari kula punika, ananging kuciwanipun ngantos sapriki dèrèng wontên tiyang ingkang wani ananggulangi pêrangipun.

Prabu Tristan ngandika malih: Hèrtoh, ganjaran ingkang paduka dhawuhakên punika menginakên sangêt. Sayaktosipun namung satriya ingkang bèr ing kawanèn ingkang sagêd adamêl wilujêng tuwin santosaning nagari. Sayaktosipun kula kêpengin sangêt amêjahi ditya ingkang jail pambêkanipun punika. Sanajan saupami wontên tiyang ingkang badhe nyukakakên sadaya pamêdaling êmas ing Milan nanging angalang-alangi anggèn kula badhe ananggulangi ditya punika, saèstu botên badhe wande sêdya kula wau.

Hèrtoh Gilain nyambungi pangandika: Satriya, sokur sangêt paduka kagungan karsa makatên, kula namung amêmuji dhatêng ingkang Maha Kawasa, mugi karsaa anjagi ing sarira paduka, sampun ngantos manggih tiwas.

Kacariyos Prabu Tristan anglurugi ditya Urgan de Wildeman dhatêng ing padununganipun, lajêng aprang tandhing rame sangêt. Sanajan ditya wau kêkiyatanipun angungguli Prabu Tristan saha adêdamêl kênthès agêng sangêt, nanging kawon cukat kalihan Prabu Tristan. Prabu Tristan wasis sangêt amainakên pêdhangipun, satêmah danawa wau kataman pêdhang ngantos andadosakên pêjahipun. Tanganipun ingkang têngên lajêng tinigas dening Prabu Tristan nuntên kabêkta sowan dhatêng Hèrtoh Gilain sarta kaaturakên, minôngka pasaksènipun anggènipun sampun amêjahi danawa wau, aturipun: Hèrtoh, minôngka epahipun anggèn kula sampun amêjahi Sang Urgan mugi paduka karsaa maringakên kagungan paduka sagawon pun Petit-Cru punika.

Hèrtoh Gilain amangsuli: Sadhèrèk, kula botên sagêd ngaturakên pun Petit-Cru. Mugi paduka karsaa nampi adhi kula èstri, dadosa garwa sampeyan, sarta sapalihing nagari kula. Sampun mundhut kewan ingkang sakalangkung kula trêsnani punika.

Prabu Tristan ngandika malih: Hèrtoh, kula maturnuwun dene paduka badhe maringakên sapalihing nagari paduka saha badhe amaringakên ingkang rayi, nanging mugi kawuningana, bilih kula botên gadhah sêdya makatên. Saèstunipun pramila kula nekat ananggulangi danawa wau, kula pancèn kêpengin dhatêng Petit-Cru punika. Kajawi punika mugi paduka karsaa nêtêpi jangji. Bilih tiyang ingkang sagêd amêjahi danawa wau, kenging amilih barang-barang kagungan paduka ing salêbêting karaton utawi nagari.

Hèrtoh Gilain mangsuli: Manawi makatên karsa paduka, inggih sumôngga. Petit-Cru kula aturakên, nanging mugi andadosna kauningan, bilih paduka amundhut barang ingkang sagêd adamêl bingahing manah kula.

Kacariyos, sagawon wau dening Prabu Tristan dipun titipakên dhatêng tukang sulap saking ing Wales, ingkang purun ngaturakên dhatêng sang pramèswari Isolde ing Cornwallis. Sarêng dumugi ing Tintagel tukang sulap wau nuntên ambudidaya sagêdipun kapanggih kalihan abdinipun [abdi...]

--- 779 ---

[...nipun] sang pramèswari ingkang awasta Brangien punika, sasampunipun kapanggih sagawon wau nuntên kapasrahakên, sarta supados kaaturakên dhatêng sang pramèswari. Mila sang putri bingah sangêt sarêng tampi kintunan saking Prabu Tristan punika. Tukang sulap lajêng ginanjar yatra mas sadasa marêk. Dene aturipun dhatêng sang nata, sagawon wau kintunan saking sang pramèswari ing Irlan. Petit-Cru nuntên kadamêlakên kandhang sae sangêt, rinêngga ing êmas lan sêsotya adi, minôngka pangèngêt-èngêt dhatêng sang kinasih, sabên sang putri tindak, inggih dhatênga ing pundi kemawon Petit-Cru dipun bêkta. Manawi sang putri mriksani Petit-Cru saha mirêngakên swarantênipunswantênipun. jam wasiyat ingkang gumantung ing kalungipun punika, sanalika supe dhatêng kasusahanipun, makatên ugi dhatêng Prabu Tristan. Waunipun sang putri botên mangêrtos bilih ingkang makatên wau saking dayanipun jam wasiyat punika, nanging dangu-dangu wuninga, bilih jam punika gadhah daya sagêd adamêl supening panggalih, satêmah sang putri lajêng kados ginugah panggalihipun, saha ngunandika makatên: Apa ingsun kêna abungah-bungah, manawa Tristan tansah nandhang susah. Satêmêne Tristan ora kudu angirimake Petit-Cru marang panjênênganingsun, supaya bisaa lali marang kasusahane lan supaya aja tansah kèlingan bae marang ingsun. Nanging saking trêsnane marang ingsun, Petit-Cru dikirimake mrene, kanggo anglêlipur panggalih ingsun. Dhuh, Tristan salaminipun paduka nandhang rudatin, kula nêdya belasungkawa.

Sasampunipun manggalih makatên, sang putri nuntên mundhut jam wasiyat ingkang gumantung ing kalungipun Petit-Cru wau. Dipun mirêngakên swaranipun sakêdhap lajêng kabucal dhatêng ing sagantên.

16. Sang Putri Isolde ing nagari Bretagne.

Kacariyos, Prabu Tristan ingkang tansah nandhang rudah ing panggalih, murih ragi wontêna mêndhanipun, ingkang kangge anglêlipur panggalih tansah alêlana, anjajah nagari sarta pintên-pintên pulo, satêmah dumugi ing nagari Lonnois. Ing ngriku Prabu Tristan dipun tampi kalayan bingahing manah dening ingkang rama angkat, inggih punika Adipati Rohalt ingkang jumênêng nata ing nagari wau. Sang adipati pangrêngkuhipun dhatêng Prabu Tristan botên ewah, kados ingkang sampun, amargi kajawi namung rumaos anggadhuh nagarinipun, inggih pancèn trêsna sangêt dhatêng Prabu Tristan. Ananging Prabu Tristan botên jênjêm panggalihipun, dene dangu kèndêl kemawon wontên ing nagarinipun, mila lajêng tindak alêlana malih, anjajah nagari-nagari sanèsipun saking Lonnois ngantos dumugi ing Friesland, saking ing Jêrman dumugi ing Spanye. Ing salêbêtipun lêlana kalih tahun laminipun, Prabu Tristan asuwita dhatêng pintên-pintên raja sarta ambiyantu pêrang dhatêng raja-raja wau, ingkang sami kalurugan ing mêngsahipun. Saking karsaning Hyang Kang Maha Kawasa, wontên ing pundi-pundi Prabu Tristan tansah unggul ing pêrang, ngantos asmanipun kawêntar ing nagari sanès. Ewasamantên Prabu Tristan tansah nandhang sungkawa, margi ing salêbêtipun kalih taun punika botên mirêng wartos punapa-punapa saking ing Cornwallis kadospundi kawontênanipun sang pramèswari. Botên wontên mitra utawi utusanipun sang putri ingkang dhatêng. Wusana Prabu Tristan amanggalih, bilih sang putri sampun kasupèn dhatêng panjênênganipun.

Anuju satunggiling dintên Prabu Tristan lan Corneval anggènipun alêlana anjog ing salêbêting nagari Bratagne. Lampahipun anglangkungi dhusun-dhusun ingkang suwung sarta risak, ingkang kantun namung tembok-tembokipun kemawon. Makatên ugi pasabinan utawi patêgilan ing sakiwa têngêning padhusunan wau sami risak sadaya, margi sami kabêsmi dening mêngsah ingkang anglurugi nagari wau. Ing ngriku Prabu Tristan amanggalih makatên: Lêsu têmên rasane sariraningsun, apa pêrlune kamashuraningsun iki, manawa Isolde kêkasihku adoh panggonane, lan ora bakal bisa katêmu lan ingsun manèh. Lan apa mulane dene sajroning rong taun iki sang putri ora utusan paring warta maring panjênênganingsun. Ana ing Tintagel sang putri tansah asukan-sukan, marga Sang Prabu Marc asih bangêt marang sarirane. Satêmêne jam wasiyat iku mandi bangêt. Saiki Isolde lali babarpisan marang panjênênganingsun. Ora kelingan marang kabungahan sarta kasusahane kang wis linakonan bêbarêngan karo panjênênganingsun. Apa ingsun iya ora bisa lali marang sang putri. Ing ngêndi ana putri kang bisa nyirnakake kasusahaningsun.

Kacariyos, kalih dintên laminipun Prabu Tristan kadhèrèkakên Corneval nitih titihan anglangkungi patêgilan saha padhusunan, Nanging botên kapanggih tiyang satunggil-tunggila, makatên ugi botên mirêng kaluruking sawung utawi juguging sagawon. Sadaya panggenan ingkang kalangkungan wau sêpi mamring. Enjingipun Prabu Tristan anglajêngakên tindakipun. Ing wancinipun tiyang nêdha siyang, tindakipun Prabu Tristan amarêpêki punthuk. Ing punthuk ngriku katingal wontên garejanipun, sarta wontên padhepokanipun kyai ingkang rumêksa gareja wau. Kalasamantên kyai punika pinuju andêdonga dhatêng Ingkang Maha Kawasa, panganggenipun wacucaling menda, namung ing gêgêripun ingkang katingal saking wol, nanging sampun amoh. Sarêng sumêrêp wontên tamu satriya, enggal ingacaran lumêbêt ing padhepokanipun. Corneval nuntên mrênahakên kapal-kapal tumpakanipun punika, dene kyai ingkang gadhah griya angladosi Prabu Tristan lukar pangangge kasatriyan. Botên antawis dangu malih Prabu Tristan lan abdinipun dipun aturi dhahar sawontênipun. Sontênipun sadèrèngipun sami tilêm, kyai saha tamunipun sami ngandikan, lênggah angubêngi badhiyan. Prabu Tristan nuntên andangu naminipun nagari ingkang risak punika.

--- 780 ---

Kyai matur: Satriya, nagari punika namanipun Bretagne, ingkang jumênêng nata ajêjuluk Hèrtoh Hoel. Waunipun Bretagne punika nagari gêmah ripah, loh jinawi. Pasabinan, patêgilan makatên ugi pakêbonanipun wiya-wiyar, sarta kathah pamêdalipun. Kathah tiyang tani ingkang gadhah panggilingan glêpung. Ingkang gadhah kêbon wowohan inggih kathah. Nanging nagari punika karisak dening Graaf Riol ing Nantes. Wadyabalanipun sami ambêsmi griya-griya salêbêting kitha saha ing padhusunan saha anjarah rayah raja barananipun têtiyang ing Bretagne.

Prabu Tristan andangu malih, pangandikanipun: Kyai, yagene Graaf Riol amêrangi ratunira.

Kyai amangsuli: Satriya, mugi kawuningana, Graaf Riol punika kalèrèhanipun Hèrtoh Hoel. Hèrtoh Hoel kagungan putra kalih, ingkang satunggal kakung awasta Kaherdin, ingkang satunggalipun putri sakalangkung endah ing warni. Sang putri wau kasuwun dening Graaf Riol badhe kagarwa, nanging Hèrtoh Hoel botên karsa kagungan mantu satriya kalèrèhanipun. Pramila Graaf Riol lajêng ambalela, sarta nuntên amêrangi ratunipun.

Prabu Tristan ngandika: Apa kira-kira Hèrtoh Hoel bisa nanggulangi mungsuhe.

Kyai amangsuli: Mèh kemawon kasoran pêrangipun. Kalêrêsan Hèrtoh Hoel taksih kagungan karaton ingkang kinubêng ing bèntèng kiyat sangêt, inggih punika karaton Carhaix. Sapunika sang hèrtoh sagarwa putra tuwin wadyabalanipun taksih sami nglêmpak ing salêbêting karaton wau. Nanging karaton punika tansah kinêpung ing mêngsah. Pandugi kula botên antawis dangu malih kêpêksa nungkul, margi kêtêlasên têtêdhan.

Prabu Tristan nuntên andangu pintên têbihipun karaton Carhaix saking padhepokanipun kyai wau.

Kyai matur: Namung kantun kalih mil malih, satriya.

Ing sarèhne kala samantên sampun dalu, ingkang gadhah griya tuwin tamunipun sami mapan tilêm. Enjingipun, sasampunipun sêgah sarapan, Prabu Tristan kalihan abdinipun nuntên pamitan badhe nglajêngakên lampah dhatêng ing karaton Carhaix wau. Sarêng tindakipun Prabu Tristan dumugi sangajênging gapura karaton ingkang kinunci, nuntên mriksani satriya sawatawis kathahipun ingkang sami anganglangi sakubênging karaton punika. Prabu Tristan marêpêki dhatêng satriya-satriya wau, sasampunipun anyukani tôndha kaurmatan ingkang winangsulan kados adating satriya ingkang nêmbe têpang, nuntên anakèkakên dhatêng Sang Hèrtoh Hoel. Hèrtoh Hoel ingkang kadhèrèkakên dening putranipun, saha ingkang kacariyos bèr kawanèn, punapa malih kairing dening satriya kalèrèhanipun, ngandika bilih panjênênganipun Hèrtoh Hoel.

Prabu Tristan nuntên ngaturi wuninga, bilih panjênênganipun punika ratu ing Loonnois. Pangandikanipun: Kula, ratu ing Loonnois. Prabu Marc ratu ing Cornwallis paman kula. Kula mirêng wartos bilih paduka dipun pêrangi dening raja-raja kalèrèhan paduka. Manawi paduka karsa nampi sowan kula, kula sumêdya atêtulung ing paduka, nanggulangi mêngsah paduka punika.

Hèrtoh Hoel amangsuli: Sayêktosipun kula cuwa sangêt botên sagêd nampèni paduka, margi ing salêbêting karaton kula mèh katêlasan tandhon têdha, kantun tandhon têtêdhan sawiyah kemawon ingkang taksih. Kadospundi sagêd kula nampi paduka kalayan kautaman.

Prabu Tristan matur malih: Hèrtoh, makatên punika botên andadosakên pambêngan ingkang prêlu, awit salêbêtipun kalih taun punika kula anyoba gêsang wontên ing salêbêting wana. Ing sadintên-dintênipun namung nêdha wowohan, ron-ronan, oyod-oyodan tuwin bêbujêngan ing wana. Dados kula botên badhe kagèt malih, manawi paduka paringi sêsêgah têtêdhan sawiyah. Pramila panuwun kula mugi paduka karsa nampi dhatêng jasat kula.

Putranipun Hèrtoh Hoel ingkang awasta Kaherdin nuntên matur dhatêng ingkang rama, aturipun: Rama, mugi paduka karsaa anampi satriya punika, manawi piyambakipun sayaktos purun ambelani dhatêng kula sadaya sarta purun tumut anandhang kêkirangan.

Kacariyos, gapuraning karaton ingkang cêlak kalihan panggenaning para satriya wau nuntên dipun bikak. Prabu Tristan dipun tampèni kanthi pakurmatan. Kaherdin lajêng anêdahakên temboking karaton ingkang sakalangkung kiyat punika, tuwin mênara-mênara panggenanipun para prajurit ingkang sami anjagi karaton. Saking ing salêbêting mênara wau Kaherdin anêdahakên pasanggrahanipun Graaf Riol sawadyabalanipun ingkang kaadêgakên wontên ing ara-ara sawatawis mil têbihipun saking ing karaton wau. Kaherdin lan Prabu Tristan nuntên wangsul dhatêng ing karaton, sarêng sampun dumugi ing gapuraning karaton ingkang nglêbêt Kaherdin nuntên matur dhatêng Prabu Tristan, wicantênipun: Sadhèrèk sumôngga sami sowan dhatêng ngarsanipun ibu sarta amanggihi sadhèrèk kula èstri. Satriya kêkalih wau nuntên lumêbêt dhatêng ing kaputrèn. Kala samantên sang pramèswari tuwin putranipun putri sami lêlênggahan wontên ing kamar tamu. Para putri sami lênggah ing papan ingkang ginêlaran ing babut sae sangêt sarta rinêngga ing sêsêkaran adi. Anggènipun lêlênggahan sami nyambi ambordhir, sang pramèswari tuwin sang putri sami ura-ura, dene ingkang kangge ura-ura wau cariyosipun putri Doette kalihan mitranipun, inggih punika satriya Doon. Sarêng sampun cakêt, Prabu Tristan nuntên angurmati dhatêng para putri wau andhingkulakên sariranipun sawatawis. Para putri inggih malês angurmati. Sasampunipun lajêng sami lêlênggahan.

(Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]