Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-02, #1643

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1928, #1643
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-01, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #373.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-02, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #374.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-03, #1643 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #375.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-04, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #376.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-05, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #377.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-06, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #378.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-07, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #379.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-08, #1643 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #380.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-09, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #381.
10.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-10, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #382.
11.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-11, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #383.
12.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-12, #1643 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #384.

--- [161] ---

Ôngka 9, 9 Ruwah Taun Jimakir 1858, 1 Pèbruari 1928, Taun III

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Javasche Bank umur 100 taun.

[Grafik]

Ing tanggal 24 Januari 1928 kantor Javasche Bank umur 100 taun. Dhawahipun ing dintên wau, para punggawaning kantor-kantor Javasche Bank sami damêl pahargyan. Ing nginggil punika gambaripun kantor bang ing Batawi.

--- 162 ---

Raos Jawi

Utamining Ngagêsang

Sadaya ingkang gumêlar ing ngalam donya punika, kajawi damêlanipun manungsa, kawastanan titah. Mênggah sadaya titah wau sami kabedak-bedakakên, kados ta titah ingkang sipat botên mobah-mosik, sipat gêsang, ingkang gadhah nyawa, (sadaya kewan, sarta manungsa) enz.

Dene sadaya titah wau ingkang kawical luhur piyambak budinipun namung manungsa. Sarta sadaya titah sanèsipun wau sami kinodratakên dening Pangeran minôngka pirantosing gêsangipun manungsa ing ngalam donya. Wontên ingkang mastani: Gusti Allah punika kawasa, dene manungsa punika wicaksana. Kuwasaning Pangeran inggih sadaya ingkang sampun gumêlar punika. Dene kawicaksananing manungsa: têka lajêng sagêd mastani barang ingkang sampun gumêlar, sarta sagêd ngrekadaya, ngantos sagêd maedahi gêsangipun.

Dados sampun cêtha manawi manungsa punika langkung luhur katimbang lan titah sanèsipun. Mila kathah-kathahing manungsa lajêng wontên ingkang kadunungan watêk têkabur, awit saking piyambakipun kalajêng anggènipun angrumaosi kaluhuranipun katimbang sasamining titah. Wasana botên èngêt manawi piyambakipun wau dumadosipun ugi saking kodrating Hyang Agung, kaparingan kabêgjan miwah kasangsaran, botên beda kalihan kawontênaning surya tuwin rêmbulan.

Manungsa punika anggadhahi pikiran saha pamawasan ingkang lêpas katimbang lan sato. Sadaya tindak-tanduk, solah tingkah ingkang badhe linampahan, sarana dipun manah rumiyin, sadaya pandamêl ingkang badhe migunani, botên ketang rêkaos, punika sanadyan krêntêging manahipun suthik anandangi, mêksa dipun lampahi sarana tekad, awit badhe migunani wohipun wau. Sarta anggènipun pados têdha botên kangge sadintên kalih dintên kemawon, pangangkahipun manawi tirah kasimpên kangge kêkiyatan gêsangipun ing sanès wêkdal, kewan punika ugi anggadhahi pikiran sarta pamawas, ananging botên sagêd sampurna kadosdene manungsa.

Sanadyan manungsa wau sampun nama titah ingkang luhur piyambak, ananging manawi dipun tandhing kalihan sasamining manungsa ugi beda-beda, wontên manungsa ingkang asor sarta luhur kawruh saha budinipun, punika wau gumantung saking pangajaran saha pakulinanipun. Kaluhuraning manungsa punika saking gagapaning manah kula, manawi botên kalintu, namung gumantung saking utamining budinipun. Sanadyan sampun pêjah, manungsa têksih tilar gônda ingkang anggambrat arum, ingkang dados pocapan sae, sarta sadaya pandamêlanipun, dados têtuladan ing ngakathah.

Wondene manungsa ingkang kadunungan budi utami wau kabêkta saking:

1. Pancèn saking dhêdhasaripun.

2. Saking pamarsudi, inggih punika anjiyat manahipun [manah...]

--- 163 ---

[...ipun] dhatêng kautamèn, upaminipun tansah kawawa mênggak krêntêging manahipun ingkang awon, wasana ngantos dados watêk (budi). Makatên wau srananipun kêdah tlatos sabar panggilutipun, botên beda kados caraning para siswa marsudi piwulang ing pawiyatan. Angsalipun namung saking sakêdhik, nanging ajêg sarta tlatos.

[Grafik]

Prabu Dasamuka, Nata Rêksasa ingkang kêbak kamurkan.

Ing sanubarining manungsa punika sadangunipun tansah kadhêdhêran wijining budi awon lan sae, thukulipun budi kêkalih wau sami sêsarêngan rêbat unggul. Yèn ingkang subur (unggul) wau budi awon, sampun ngalamati yèn ngagêsang ical kamanungsanipun. Ing nginggil sampun kula aturakên bilih asor luhuring manungsa punika gumantung saking utami lan botêning budinipun. Dados punapa botên prêlu manungsa punika nyinau (ngulinakakên) anduwa dhatêng budi awon wau, lajêng angrukêbi dhatêng budi utami.

Sajatosipun sadhengah tiyang sampun kathah ingkang sami mangrêtos dhatêng tumusing budi awon lan sae, namung kemawon kathah-kathahing ngagêsang awis-awis ingkang sagêd nanggulangi dhatêngipun: budi hawa, satêmah lajêng subur thukulipun wontên têlênging sanubari.

Suburing budi hawa, anumusi dhatêng karisakan. Pêpiridan nalika jaman purwa, (padhalangan) inggih sampun wontên, inggih punika budinipun Sang Prabu Dasamuka, ing Ngalêngkadiraja. Saking suburing budi hawanipun lajêng anumusi manah: drêngki, panasbaran, jail, angkara murka, lan sasaminipun. Dene wohing tumusipun budi hawa wau, manungsa namung badhe gêsang pribadi, suthik pinadhan ing sasami. Botên èngêt manawi ngagêsang punika botên sagêd uwal saking pitulunganing asanès.

Jalaraning ngrêbdanipun budi awon punika upaminipun, botên mangrêtos, sarta kasupèn manawi

--- 164 ---

budi hawanipun wau badhe andhatêngakên kasangsaran. Kajawi punika manahipun kabuntêl ing pêpenginan dhatêng barang donya ngantos ngêlanggar garis (kamurkan). Punika ingkang dados dêlêgipun manungsa badhe karisakan gêsangipun. Kathah sangêt dêdongengan utawi lêlampahaning manungsa ing jaman kina dumugi jaman samangke, ingkang dhawah ing sangsara, sarta sampun makna saking kamurkanipun.

Kamurkan punika wiwitanipun namung thukul sakêdhik, nanging yèn botên dipun sirnakakên badhe thukul ngrêbda wontên sanubari, ngrêbdaning kamurkan sagêd anuwuhakên watêk ingkang nilar kuwajibaning ngagêsang, lan sagêd ugi ngrêregoni dhatêng kasarasaning badan. Mila utamining ngagêsang kêdah ajêg pamawasipun budi kêkalih wau, sarta kajagia klayan santosaning manah.

Mangsuli ingkang kasbut ing nginggil, bilih manungsa punika sami-sami titah kasêbut luhur piyambak. Wontên pratôndha malih ingkang anjunjung kaluhuraning manungsa, katimbang lan titah sanèsipun, pundi isèn-isèning sato wana ingkang rosa, rikat plajêngipun, sarta galak, sagêd kapikut dening manungsa, wasana dados tutut (anjilma). Blêdhèg ingkang ambêbayani tumrap manungsa lan sadaya titah, sagêd babar dening pandamêling manungsa, lan taksih kathah sangêt sawarnining kawontênan ingkang ambêbayani, adamêl kapitunan, ngalang-alangi dhatêng katêntrêmaning manungsa, ingkang kaudi sirnanipun. Namung satunggal ingkang adamêl karisakan agêng tumrap manungsa, nanging kathah-kathahing manungsa awis-awis ingkang sagêd mêrangi, inggih punika: budi hawa. Manungsa ingkang kêbak ing uwohing budi hawa, ngasorakên drajating gêsangipun, malah kapara sagêd ugi narik asoring drajatipun. Pramila amrih utami ing gêsang, manungsa wajib anyirnakakên budi hawanipun.

Wasana kula sumôngga saha nyuwun gunging pamêngku.

Suprapta ing: Imagiri.

Panglipur Manah

Lêlangên ing Antariksa

[Dhandhanggula]

mawèh sêngsêm sarasèng mêmanis / sri rarasing punang antariksa / wanci wimbaning srêngenge / kang maksih nêmbe mungup / nèng sêlaning kang wukir-wukir / yayah kasor prabawa / lan kêkêsing gunung / têmah kang arka umpêtan / tan kawawa ambêdhah pêdhuting enjing / kang ngêmuli aldaka //

mung kawasa padhange mrabani / amêmêtha langêning awiyat / kang sumamar pêpindhane / kadi rarasing alun / lembak-lembak anèng jaladri / pandhukuling kang mega / tan srênti gumulung / dening panranging maruta / dènira mrih kawasa nêdya dhèwèki / mratani jagad raya //

kang sanyata langêning wiyati / jaladara ngêndhanu warata / raras kadi kêkêmule / bumi kang maksih samun / ingkang rasa katrêsan atis / lumuh arsa amberat / kawasaning pêdhut / ing sumarma mung kawuryan / pindha janma kang anggung ngraras kamuktin / katrêm [ka...]

--- 165 ---

[...trêm] anèng paprêman // ing têpining punang mega putih / pan kawuryan kitrining padesan / tan pae lir sêsinome / kang têntrêm akêkêmul / anganti mring sirnaning atis / kang numusi sarira / anrus ing bêbalung / yèku nyataning kaanan / kang tinêmu anèng sarasaning bumi / pambabaring kawasa //

[Grafik]

dening nyata rasanirèng atis / anggung ngêmbêng ananirèng tirta / kang mawèh panguripane / sanggyaning tanêm tuwuh / kang tumuwuh ngrêrêngga bumi / dadya daya-dinayan / panguwasanipun / puwara ing dadinira / sawarnaning kaanan kang katon sami / amung sarwa prayoga //

pan sanyata kawasaning Widhi / dènnya mawèh rarasing sawangan / tanpa pêpindhan sêngsême / beda lan ananipun / ing kagunan karyaning janmi / nadyan sarwa sambada / tinêmune tamtu / maksih ana kang nênacad / dening amung inganggêp gunaning janmi / kang aran kaluwihan //

beda lawan ananing dumadi / nadyan amung kaananing mega / kang rumêngga ngawiyate / rasanira ngêlangut / yèn rinaras lan tusing ati / gagas kawasanira / Ingkang Maha Agung / pamangunirèng sawangan / kongsi ewuh ginagapan ing pangrêti / ing kaluwihanira //

kang tinêmu mung sarwa prayogi / lan munpangat nêrahi kawula / nadyan mung sawangan bae / sayêkti wèh pakantuk / angênani warasing ati / têmah nênuntun marang / têntrêmirèng kalbu / nging jatine kang mangkana / mung tumuwuh ing tyasing janma kang mamrih / wruh adining pangrasa //

awit janma kaprah tan marduli / mring elok myang yogyaning sawangan / kang dahat asri rarase / kadi gambar ing luhur / kang pinêtha kadi sayêkti / lamun ta nyipatana / anane satuhu / baya rinasa sanyata / angênani maring ciptanirèng ati / kang tumuwuh dadakan //

awit masthi tumanduk mring dhiri / tungtumira hawaning kasrêpan / mawèh osiking rasane / lan rumasa dumunung / anèng don kang mirêna ati / myang nglanguting gagasan / saya wuwuh-wuwuh / kalamun ta kawijila / yêkti arsa mêmêtha kang mega putih / paran sawusing sirna //

ciptaning tyas kang mangkana yêkti / bangkit antuk waluyan kang nyata / wusing sirna pêpêtênge / mèsi gumlaring wujud / kang araras bumi sinungging / ingukir kaelokan / kawasaning Mulku / lan kèbêkan sarwa ana / pala boga miwah sanggyaning rijêki / kang sumarah samoa //

--- 166 ---

Bab Kasarasan

Pigunanipun toya

Kados botên wontên tiyang ingkang botên migunakakên dhatêng toya, malah limrah tiyang mastani, bilih toya punika tansah dados kanthinipun gêsang, ngantos dumugining janji pisan, toya mêksa taksih dipun pigunakakên, inggih punika kangge nucèni mayitipun.

[Grafik]

Wadhuk ing bawah Brêbês, kimplah-kimplahing toya, ngantawisi manawi cêkap kangge ulah têtanèn.

Mênggahing tiyang anggèning migunakakên toya wau, sapisan kangge sarana angulah siti, salajêngipun ngantos sagêd mujudakên rijêki ingkang dados têdhanipun. Dados toya wau baku kangge ulah siti, awit sadaya tanêm tuwuh botên sagêd gêsang manawi tanpa toya. Mila tumrapipun para among tani anggatosakên sangêt dhatêng kawontênaning toya, tumrapipun toya manawi ngantos kêkirangan, sangêt andadosakên prihatosipun, sok wontên ingkang ngantos dipun labuhi pasulayan prakawis rêbatan toya. Mila bêgja sangêt tumrapipun jaman sapunika, para tiyang tani sampun sagêd angsal toya ingkang saking pambagening pamarentah kalayan adil, wontên ingkang sarana toya ilèn, inggih punika tumrap pasitèn ingkang cêlak kalihan ilèn-ilèn toya lèpèn, ing ngriku pasitènipun dipun wastani sae, awit nama botên kêkirangan toya. Wontên malih ingkang angsalipun saking toya wadhuk, inggih punika saking toya tandhon, punika tumrap pasitèn ingkang bakunipun pancèn saking kêkirangan toya. Beda kalihan kawontênanipun ing jaman kina, wontêning toya namung tansah dados rêrêbatan. Sapunika sampun têrang, bilih pigunaning toya ingkang kapisan, punika kangge têtanèn. Tumrap pêpilihanipun toya ingkang makatên punika namung waton anyêkapi.

Kaping kalihipun, toya punika dados baku

--- 167 ---

têdhaning tiyang, awit botên wontên tiyang ingkang badanipun botên kêlêbêtan ing toya, inggih punika dados sarana kangge ngolah têtêdhan utawi dipun ombe, wosipun amurakabi dados bakuning gêsang ingkang sarana nêdha.

[Grafik]

Toya pangombèn sae, ingkang asli saking toya gêsang, ing Batawi. Ingkang katingal punika papan pangombèning sato kewan.

Têtiyang botên badhe kacariyosan malih, tamtu mangrêtos, bilih toya ingkang makatên wau kêdah bêning, rêsik lan botên anggônda, lan tiyang inggih sampun caluluk piyambak, sabên ngombe toya ingkang sae lajêng cariyos: toyanipun bêning, rêsik tuwin botên anggônda. Dene toya ingkang kados makatên wau adamêl kasarasaning badan, lan têtela ombèn-ombèn punika botên wontên ingkang saenipun ngungkuli toya, mila mèh sabên tiyang angudi murih sagêdipun angsal toya ingkang rêsik, manawi botên angsal, jalaran kêbêkta saking papan padununganipun botên wontên toya ingkang kados makatên, inggih dipun labuhi ngawontênakên saringan, dipun ênêpakên, tuwin patrap sanès-sanèsipun, ingkang pamurihipun namung supados toya wau adamêl kasarasan.

Dados tiyang ingkang sampun sumêrêp dhatêng ajining toya bêning, punika inggih atêgês sampun sumêrêp dhatêng kasarasan, punika pinuji sangêt murih têtiyang siti sagêda gadhah pamanggih makatên, tuwin manawi sampun mangrêtos dhatêng piguna wau, tamtu botên wontên tiyang badhe damêl sumur sapurun-purunipun, tamtu lajêng milih pasitèn ingkang dhaas, ingkang wêdaling toya lêbêt, lan bêning, lan nêbihi panggenan ingkang anggônda botên eca.

[Grafik]

Toya lèpèn ingkang maujud makatên punika manawi kangge adus, botên damêl kasarasan. (Lèpèn ing Batawi kitha lami).

Kapasangyogi tumrapipun ing jaman sapunika, pamarentah tansah nindakakên rekadaya adamêl ilèn-ilèn toya ngombe ingkang dipun pêndhêtakên saking tuk toya gêsang, tuwin sampun dipun pariksa ing tiyang

--- 168 ---

ahli kasarasan, sampun tamtu kemawon pigunanipun toya wau agêng sangêt, lan tiyang botên prêlu pados rekadaya malih murih sagêdipun angsal toya rêsik. Nanging toya ingkang makatên wau sawêg tumindak wontên ing kitha ingkang agêng-agêng.

Dados mênggahing wosipun, toya ingkang kangge ngombe wau kêdah milih toya kados ingkang kasêbut ing nginggil, bakunipun dados sarana kasarasaning tiyang ingkang lumantar saking ing lêbêt.

Kaping tiganipun ing bab pigunaning toya ingkang kangge rêrêsik badan, punika dayanipun ugi adamêl kasarasan, mila inggih prêlu kêdah pados toya ingkang rêsik. Dene panganggenipun botên liya namung kangge umbah-umbah tuwin adus.

Pangangge rêsik tuwin badan rêsik, punika kêdah dipun tindakakên sêsarêngan, dene rêsikipun inggih saking toya. Ing bab umbah-umbah botên prêlu kacariyosakên, awit sabên tiyang inggih mangrêtos dhatêng caraning umbah-umbah rêsik. Namung ing bab adus, punika ingkang kêdah dipun sumêrêpi, awit kathah kemawon tiyang adus ingkang pamrihipun namung pados asrêping badan, botên ngèngêti adus ing lèpèn, ingkang toyanipun rêgêd, tuwin wontên malih tiyang ingkang botên nate adus, punika sadaya tamtu namung saking anggènipun dèrèng nyumêrêpi dhatêng daya tuwin pigunaning toya kanggenipun ngrêsiki badan. Tuwin angèngêtana, bilih tiyang adus punika pamurihipun rêsik, mila manawi adus inggih kêdah ingkang anjalimêt anggènipun kosokan, rêrêgêd ingkang wontên ing badan murih luntur kasiram ing toya, punika nama anêtêpi, bilih toya tumônja kangge ngrêsiki badan, lan damêl kasarasan.

Ing wusana tiyang angèngêtana dhatêng pigunaning toya tigang prakawis wau punika sami dados baku sadaya.

Kabar Sanès Praja

Cariyos kawontênanipun Karajan ing Siyêm

Sambêtipun Kajawèn ôngka 8

Ing Kajawèn ngajêng sampun nyariyosakên gêgayutanipun nagari Siyêm kalihan tanah Jawi, ingkang makatên wau têka cocog kalihan Babad Tanah Jawi kala jamanipun Prabu Hayam Wuruk ing Majapait, kala jaman punika panguwaosipun karajan Siyêm kalihan karajan Jawi sawêg agêng-agêngipun. Ing nginggil sampun kacariyosakên sakêdhik mênggah jajahanipun karajan Siyêm ing jaman punika. Ing ngriki samangke ngandharakên sawatawis jajahanipun karajan Jawi jamanipun Prabu Hayam Wuruk wau. Jajahanipun karajan Majapait ing kala punika, kajawi Jawi Têngah lan Jawi Wetan, ugi ambawahakên: Bali, Nusa Pênidha, Lombok, Sumbawa, Plorès, Pulo-pulo Solor, Pulo Gunung Api, Ambon lan taksih kathah malih nagari saha pulo-pulo ing sawe-

--- [169] ---

Sri Nata ing Siyêm ingkang jumênêng sapunika.

[Grafik]

Nata ing Siyêm, Maha Prabu Praja Dhibok nalika miyos siniwaka sakalihan pramèswari dalêm. Sang nata adhawuh sêsorah dhatêng para upsir tuwin para wadya militèr, ingkang sampun sami sumpah ing wulan kapêngkêr, sadaya nêdya anyêtyani dhatêng ratu gustinipun.

--- 170 ---

tanipun tanah Jawi, makatên ugi ing Borneo inggih kathah tanah-tanah ingkang kabawah dhatêng Majapait, kajawi punika pulo-pulo ing saantawisipun Borneo kalihan Malakah, malah ing Malakah piyambak ugi wontên ingkang dados jajahanipun karajan Majapait.

Ing sarèhning tanah jajahan Majapait ing sajawinipun tanah Jawi, sabên taun sami angaturakên bulu-bêkti awarni arta, amila kala punika karajan Majapait inggih abôndha-bandhu, ngantos sagêd yasa kadhaton ingkang endah ing warni, sagêd andandosi saha anyaèkakên kawontênanipun candhi-candhi, lan sagêd ngawontênakên karamean agêng-agêngan, ingkang anjalari Majapait saya dados misuwur namanipun. Ingkang punika tanah Jawi mila inggih lajêng tansah dipun dhatêngi dening têtiyang saking nagari mônca, kados ta: têtiyang saking Hindhu ngajêng, nagari Cina, lan têtiyang saking nagari-nagari sêkuthunipun, kados ta: Kamboja, Jawana, Cêmpa, Karnataka lan saking Siyêm, dhatêngipun wau kanthi numpak baita kapal mawi ambêktani para sudagar para pandhita lan para brahma, têtiyang wau sami kadunungakên wontên ing pasanggrahan saha kasugata kanthi sênênging manah, salaminipun wontên ing tanah Jawi, têtiyang wau rumaos sênêng sangêt.

Ing ngriki dados cêtha, bilih kala punika tanah Jawi sampun sêsrawungan kalihan karajan Siyêm, punapa malih ing nginggil kacariyosakên, bilih kala punika karajan Siyêm dados nagari sakuthunipun karajan Majapait. Dados nama Siyêm punika wiwit kina mila tiyang Jawi inggih sampun sumêrêp.

Cariyos Wigatos

Kawontênanipun Sophyèt Ruslan ingkang sajati.

Candhakipun Kajawèn ôngka 8.

IV. Pethikan saking sêrat kabar A.I.D.

Tuwan Baars anêrangakên: anggèning nyêrat wontên ing sêrat kabar punika, sêdyanipun kadosdene ingkang sampun kasêrat ing nginggil, botên badhe anyariyosakên cêcriyosan utawi dêdongengan tumrap sadaya, ingkang dipun sumêntêrêpisumêrêpi. utawi dipun mirêngi ing panggenan pintên-pintên utawi tatananipun, ingkang kacariyosakên kanthi kacêkak namung papan anggènipun Tuwan Baars nyambutdamêl kala rumiyin saha punapa ingkang sampun katindakakên, prêlunipun kangge anêdahakên, bilih ingkang kaandharakên punika saking kasumêrêpanipun piyambak mênggahing panggêsanganing tiyang ing sabên dintênipun ing nagari Rus ingkang sajati.

Mênggah ingkang andadosakên sabab, dene waradinipun para tani ing nagari Rus sami purun anglampahi kaprentah cara komunis wau, punika botên jalaran saking saening pranatan paos ing ngrika, ananging perangan agêng jalaran saking

--- 171 ---

pambaginipun siti-siti, ingkang suwau dados gadhahanipun para luhur ingkang sami anggadhahi siti wiyar-wiyar, dhatêng kaum tani. Sadèrèngipun wontên gegeran, para luhur wau sami nyewakakên sitinipun dhatêng para tani, angsal-angsalaning panenanipun sabagian agêng kêdah kaaturakên dhatêng ingkang kagungan siti wau minôngka sewanipun, kajawi punika taksih wontên tirahanipun warni-warni mênggahing padamêlan rencang tumbasan, ingkang sayêktosipun kawontênaning rencang tumbasan wau sampun kasuwak kala ing taun 1869, ingkang makatên wau para tani asring sok kapêksa dening pangrèhipun supados nyambutdamêl wontên ing pasabinanipun para ingkang kagungan siti wau, ingkang punika panènipun piyambak ingkang sok lajêng risak babarpisan.

Tumrap tanah-tanah kadosdene ing Indhia, ingkang botên wontên tiyangipun ingkang anggadhahi siti ingkang wiyar-wiyar, punika pambagining siti dhatêng tiyang tani botên kenging kangge propagandhaning komunis, amila lajêng migunakakên akal sanès, inggih punika para tiyang dhusun dipun sakecani ing rêmbag, manawi Indhia ngriki kabawah ing paprentahan komunis, para tani badhe linuwaran saking anggènipun ambayar paos.

Ingkang makatên wau botên lêrês babarpisan.

Kosokwangsulipun, kawontênanipun paos ing nagari Rus ing samangke, punika langkung inggil tinimbang kalanipun dèrèng wontên gegeran, inggih punika antawisipun 3% kalihan 20% saking angsal-angsalaning siti ingkang dèrèng rêsik, miturut kathahing garapan sabin. Radin-radinipun dipun paosi 7% saking angsal-angsalaning pamêdalipun siti, inggih punika ingkang katur nagari, dene kintên-kintên sapalihipun nginggil wau kangge ambayar paos inthilan tumrap panggenan-panggenan, dados gunggunging paos sadaya wontên 11% saking pamêdalipun siti: lan 9/10 ning pakaryanipun para tani punika wiyaripun radin-radin inggih samantên, dados radin-radinipun inggih sayêktos ngèngingi dhatêng sakathahing para tani. Samantên wau kalêbêt sampun inggil sangêt, manawi angèngêti bilih angsal-angsalaning pamêdal siti ing tanah Rus punika sakêdhik sangêt.

Saking sadaya angsal-angsalaning pamêdalipun siti ingkang katêdha piyambak wontên 4/5 lipun, dados ingkang kasadhiyakakên kangge dipun sade namung wontên 1/5 lipun, dados têtirahanipun, ingkang pancènipun kêdah kangge têtumbas pangangge, pirantos anggarap sabin lan sasaminipun, punika langkung saking sapalihipun kêdah kabayarakên paos.

Pamupunipun arta paos têtanèn, punika lajêngan kemawon sabibaripun paos. Lan sadèrèngipun wulan Januari paos saindênging nagari tumrap taun ngajêngipun malih kêdah sampun lumêbêt sadaya.

Têlas-têlasaning wulan Nopèmbêr tiyang sampun sagêd maos ing sêrat-sêrat kabar Rus, bilih paos enggal ngrika-ngriki sampun wontên ingkang pundhat. (Badhe kasambêtan)

--- 172 ---

Ekonomi

Pisang Kluthuk

Ing Kajawèn sampun mêntas ngêwrat ing bab padagangan pisang ing tanah Jawi, ingkang kabêkta mêdal dados padagangan agêng wontên ing tanah Ostraliyah. Pisang ingkang dados padagangan wau pisang ambon tuwin garaita. Sintên ingkang maos dhatêng kawontênaning padagangan wau tamtu gumun, dene pisang têka dados padagangan agêng. Nanging gumunipun wau manawi dipun timbang kalihan tumindaking pakaryan, ing bab pananêm, pangupakara punapadene caraning ngintunakên, inggih lajêng sagêd mangrêtos, bilih tumindakipun wau yêktosan, saha lajêng sagêd mastani yèn bab pisang wau pancèn dados kabudidayan agêng. Sukur lajêng sagêd nênangi dhatêng manahipun tiyang siti, kêbuka dhatêng among dagang ing bab punapa kemawon.

[Grafik]

Pasar Pisang ing Sênèn, Batawi. Ing ngriku kêtingal kathahipun sêsadean pisang. Lan papanipun wau inggih karan Pasar Pisang.

Sayêktosipun mênggahing pisang, tumrapipun tiyang siti, kêlimrahipun namung dipun anggêp dados padagangan sambèn, dèrèng wontên tiyang ingkang kêtingal dados sudagar pisang. Môngka manawi dipun manah, ing ngatasing wowohan, pisang punika sumrambah piyambak, tur mêdalipun tanpa angèn môngsa, mila botên wontên têmbung usum pisang, saking sabên dintên têmtu wontên.

Ing ngriki badhe nyariyosakên kawontênaning panyadean [pa...]

--- 173 ---

[...nyadean] pisang ing Batawi, awit nama kitha agêng, punika kêtingalipun ing sabên dintên botên sakêdhik, malah saking kathahipun wau ngantos wontên pêkên ingkang nama Pasar Pisang. Dene kawontênaning pisang ingkang dipun sade ing ngriku warni-warni sangêt, tuwin sawarnining pisang ingkang kasade ing ngriku botên wontên ingkang bubruk, nanging pisang punapa ingkang pajêng piyambak, dèrèng wontên ingkang nyatakakên.

Èdi-èdining pisang punika pisang raja têmên, wujudipun andêmênakakên, raosipun eca mila pajêngipun kathah. Nanging manawi dipun nyatakakên kanthi pêpetangan ingkang yêktos, tumrapipun ing Batawi, ingkang kathah artanipun piyambak punika pisang kluthuk, awit mênggahing pisang kluthuk, ingkang dipun sade botên ngêmungakên wohipun, inggih godhongipun, malah dumugi gêdêbogipun pisan. Mênggah têrangipun makatên:

Pisang kluthuk punika tumrapipun ing Batawi godhongipun kangge sangêt, botên wontên tiyang sêsadean ingkang ngangge godhong pisang sanèsipun godhong pisang kluthuk, awit godhong pisang wau wiyar, mêmês lan wulêt. Manawi kapetang racak, sabên godhong sapapah sagêd pajêng saêsèn, malah manawi ingkang lêma botên angsal samantên. Môngka sagêsanging pisang punika godhongipun tansah lumintu dipun pêndhêti. Saupami gadhah wit pisang sèkêt uwit kemawon, pangundhuhing godhong sampun sagêd lumintu botên sagêd ngrisakakên wit, makatên malih pisang kluthuk punika gampil tanêm-tanêmanipun, mèh kenging dipun wastani gampil lêmanipun. Dados bab godhong wau angsal-angsalaning arta sampun kathah, kèndêl-kèndêl pamêndhêtipun sasampuning montong.

Sasampuning montong, punika kantun manasuka, pisangipun kasade ênèm, punapa kasade sêpuh, punika tumrap ing Batawi sami pajêng sadaya. Manawi ênèm kangge rujakan, manawi sêpuh dipun têdha matêng.

Pisang sasampunipun dipun undhuh, gêdêbogipun kenging kangge tangsul suwiran, pandamêlipun: gêdêbog dipun kêthok-kêthok saha dipun kêlokopi, lajêng dipun suwir-suwir saha dipun pe wontên ing sampiran ngantos garing, sasampuning garing lajêng kenging kangge tangsul ambêbuntêl, awit limrahipun ing Batawi, sawarnining têtumbasan tamtu dipun tangsuli. Panyadenipun tansul wau dipun gêbungi, sabên sagêbung isi nyadasa lêr, rêgi nyatêngah sèn. Môngka gêdêbog sauwit punika dados pintên atus gêbung.

Mirid kawontênanipun ing Batawi, botên wontên tiyang sêsadean ingkang botên migunakakên tangsul. Dados kintên-kintên tumrap pêpajênganing godhong tuwin tangsul wau botên sakêdhik, saupami maujuda dados padaganganipun tiyang satunggal, bokmanawi sampun sagêd maujud kabudidayan, nanging sarèhning ingkang sade wau tiyang kathah, dados kalêmpaking artanipun botên kêtingal. Makatên ugi ing bab padagangan pisang sanèsipun.

--- 174 ---

Rêmbagipun Sêmar, Garèng lan Petruk, ing Wukir Lawu.

Bab gara-gara, warnasari

Sêmar : Ura-ura ulêr kambang: luwih jibêg rasane wong sugih utang... ning nong, ning nong, nong nong ning, nong nong nong ning... timun rênyuh-rênyuh, tangi bangun krênguh-krênguh. Adhuh biyung...

Petruk : Lah, iki nèk kyaine. Wong wis tuwa pikun, rambutnya wis putih, têka uran-urane timun rênyuh-rênyuh. Apa kuwat... Kakang Gorèng, enggal mrenea. Rama, mêndêm kêcubung.

[Grafik]

Garèng : Hos... hos... hos...

Petruk : Wah, ngèsès, kaya sêpur langsir.

Garèng : Ana apa ta, Truk. Têka ngundang uwong lagi kiyah-kiyah. Apa ana burukan. Nèk-nèke ana wong wèwèh kêsasar.

Petruk : Anu, Rama iku kaya wong baring, têka ura-ura kambi jogedan, dak arani kêsurupan. Mulane aku enggal ngundang kowe.

Garèng : Lho, kowe sing kurang ngrêti. Rama jogedan iku rak rêpêtisi. Aku krungu warta, yèn Rama wis dadi warga: klêb. Malah layang kabar Lokomotiph sing kari dhewe iki nyritakake, yèn kyaine arêp dipursêtèl dadi: dhansêr. Lan simak arêp dadi: dhansêrès.

Sêmar : Wiyah, wiyah, bocah padha ora urus. Panggarape mênyang wong tuwa sagêlêm-gêlêm. Mara... padha munia manèh, sida dak onthèl kowe.

Petruk : Ning rak sabênêre bae: ta: Ma. De appel valt niet ver van den stam, têgêse: tibaning apêl iku ora adoh saka ing uwite. Artine: pangira-ira iku masthi ora adoh karo nyatane. Dadi sing ora urus iku Si Rama, apa Kang Garèng. Sing jogedan apa sing ngêlokake. Saupama dhèk slirane jogedan mau banjur sêtrikêl, apa ora dadi gawening anak. Bênêre rak trima kasih, dielingake wong ênom iku.

Sêmar : Êlo, banjur arêp ngalahake wong tuwa, aku rak wis lawas olèhku mangan uyah, aku wajib mituturi anak, dudu anak sing mituturi wong tuwa, iku kuwalat.

Garèng : Lah kuwi nèk priyayi kolot, sing diêndêl-êndêlake mung ênggone mangan uyah. Arêp êntèk uyah sadina sabata kae, yèn mulang anake kaya mangkono iku, iku aran wong tuwa majênun.

Petruk : Aku pro, karo kowe Kang Garèng. Yèn wong tuwa mulang ala nyang anak, iku patut: dilaut.

--- 175 ---

Sêmar : Hara, ta. Anak loro, gêmblung loro, kabèh-kabèh padha ngritik marang wong tuwa, wong tuwa ala-ala malati, wong tuwa wajib digugu tuture.

Garèng : Sing digugu kuwi rak pitutur sing bêcik, dudu pitutur sing ora-ora. Lamun ana wong tuwa mulang marang anake supaya nglakoni ala, iku pantês diundangake malaekat wanakirun, karêbèn digada rujak polo.

Sêmar : Lah, iki bocah yèn wis kursus olèhe sêkolah. Ithik-ithik arêp ngrêkès wong tuwa. Kurang kabênêran sathithik bae, wis padha nguman-uman. Iya, munia manèh.... dak supatani kowe.

Garèng : Wathah, wathah, wathah. Iki nèk priyayi sêpuh. Gulang-gulangane mung arêp nyupatani anak. Ora ilok lo, nyupatani anak kuwe.

Petruk : Iya, cikbèn, yèn Rama sida nyupatani. Ayo padha audientie nyang ênggone daoke, karêbèn Rama disitah daoke.

Sêmar : I, i, i. Rêmbuge pating clêmong, mung padha mangarah patine wong tuwa. Apa kowe padha tega yèn aku kapiran, apa kowe mêntala, yèn aku mati kalirên.

Garèng : Lho, ya ora tega ngono, ning aku rak kodhisiki. Mau slirane Rama, rak arêp nyupatani aku karo Si Petruk. Apa nyupatani iku ora nrajang artikêl sing unine mangkene: sira aja negakake anak... dadi yèn kowe sida nyupatani, iku têtêp nrajang anggêr. Manut adile kudu disêkorês, têrus diprèpèntiph.

Petruk : Wadhuh, kowe saiki têka wis apal mênyang wèt, apa wis sida sêkolah mênyang: Huke sêkul, calon marêkmèstêr, ngono kae.

Garèng : Mêsthi ta. Malah aku wis dhurlopên ngaweès. Lah, wong putrane Rama. Rak iya ta Ma.

Sêmar : Iya bênêr. Iku bocah bagus, ngetok-etokake olèhe diragadi wong tuwa. Kacang môngsa ninggala lanjaran, bapakne dadi priyayi gêdhe, anake calon mostêr.

Garèng : Sliramu: klèdhêng, Ma. Mostêr mono rak bangsane bumbu, dadi gèsèh karo mèstêr. Nèk mèstêr kuwi tukang adol karcis pasar, dadi gaweane nglumpukake dhuwit.

Sêmar : Lah, iku pêpêthinganing anak lanang. Pintêr nglumpukake dhuwit, kêna kanggo ngulur wong tuwa.

Petruk : Elo, têka mèlike pribadi. Dhuwit kang diklumpukake iku rak kagunganing nagara, ora kêna dianggo sakarsa-karsanèki. Sêtrèng pêrdhublêng, diulurake nyang wong tuwa. Sabab mèstêre wis mangan gajih, sasasi têlung puluh jêjêg... sliramu kuwi kêna ukil, Rama. Nèk anake rada manglar sathithik bae, wus kumêcêr olèhe arêp mupu. Nanging kosokbaline, yèn luput sathithik bae, masthi dipêrklarêng. Mara, apa adil iku.

(Badhe kasambêtan)

Pun, R.S. Kartawardaya.

--- 176 ---

Waosan Lare

Dongèng Dèwi Mênurseta

IX. Layone Dèwi Mênurseta digawa mênyang pamêlikan

[Pocung]

wis mèh surup srêngengene wiwit angslup / langite bêranang / kaya mripate wong nangis / anangisi ing layone Mênurseta //

kolik tuhu sing kulina saba dalu / wiwit kamirêngan / suwarane kolik-kolik / tuhu-tuhu bangêt gawe tarataban //

ing dhèk mau wong lima lakune krungu / swara sing mangkana / karasa rada mêngkirig / banjur duwe pangira sing ora-ora //

barêng tutug ing omah ketok ditutup / lan isih pêtêngan / jêron omah sêpi mamring / sanalika banjur duwèni pangira //

yèn dhèkmau ana lêlakon kêtêmu / banjur ora tahan / lawang padha dibêjadi / uwong lima padha mlêbu bêbarêngan //

kabèh bingung sapolahe padha kidhung / kono dumadakan / wêruh ana wong gumlinting / lan wis cêtha iku Dèwi Mênurseta //

padha bêkuh wong lima barêng wis wêruh / aloke apa ta / ing kiraku rak wis mêsthi / môngsa ora panggawene si wong ala //

kabèh banjur gêmêt anggone nalusur / anggolèki sabab / apa ta sing gawe pati / nganti gêmêt ora olèh katêrangan //

wise tutug anggolèki ora entuk / sing dadi jalaran / kabèh padha mrêbês mili / ketang wêlas karo uwis kasok trêsna //

uwong mau ana sing muni kêwêtu / nanging bokmanawa / ing kiraku isih urip / nitik saka guwayane isih abang //

mirid wujud yèn matia ora patut / titike katara / kaya isih angèsêmi / eman-eman yèn ta nganti dipêndhêma //

ana sambung kancane sêmu kêduwung / kuwi jênêng mokal / arane uwong wis mati / ngêndi ana wong mati bali nyang donya //

tiwas bawur nyimpên wong arêp dikubur / bok ayo tumandang / nuli dikubur bae wis / dadi ora dadak ngêcèh-êcèh môngsa //

wong sing ngumur mangsuli karo nglêlipur / wis ta aja kaya / madu balung tanpa isi / ta rungokna aku tak kôndha sing cêtha //

kabèh iku mungguh saka panêmuku / ora ana salah / mula anggonku nêngahi / mung supaya aja kêbacut grêjêgan //

yèn ta rujuk sing murih bisane mathuk / gawea trêbêla / ananging diwangun pêthi / sakubênge kabèh didokoki kaca //

ora kisruh dadi sabên dina wêruh / lan yèn padha lunga / digawa bae ya bêcik / awit aku dhewe iya ora tega //

kabèh rujuk banjur padha manthuk-manthuk / ing wusana yasa / trêbêla diwangun pêthi / ditulisi ing jênênge Mênurseta //

sastranipun êmas blêg diwangun-wangun / tutup kaca gêdhah / lan ing sauwise dadi / Mênurseta banjur dilêbokke kana [ka...]

--- 177 ---

[...na] //

yèn ing wujud ora pisan ketok surut / isih manthêr abang / malah ayune ngluwihi / gêbyar-gêbyar kaya parada binabar //

barêng esuk wong lêlima pating thrênguk / padha arêp mangkat / nanging bot-botên ing ati / wise awan padha mangkat gliyak-gliyak //

karo mikul wong lima pating dhrêkukul / lumaku lon-lonan / digawa nyang gone mêlik / wise têkan disèlèh alon-alonan //

banjur mungkul gone nyambutgawe kumpul / nyandhing pêthi kaca / kang ing jêro isi mayit / ora tega ninggal tansah kambang-kambang //

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès

Indhia

Kala tanggal 27 wanci jam 4.30 enjing, linging. Padhang karaos wontên lindhu. Lawang-lawang ngantos êbah sêru.

Benjing wulan Juli ngajêng punika, ing Bahrawa badhe dipun dêgi Katholieke Mulo dalah griya pamondhokanipun.

Sampun nyata bilih Tuwan de Jonge Oudraat ngajal jalaran sakit kolerah. Bab punika dipun anggêp botên ambêbayani dhatêng tiyang sanès.

Tuwan Dr. Kraemer ingkang mêntas wangsul saking pulo Sangi, saking nglampahi ayahaning pamarentah, amratelakakên ing bab tuwuhing pasulayaning sèndhêng kalihan sèlêp bêstir, jalaran saking têtiyang siti Kristên ing ngriku, botên purun tumut urmat bêksa, ingkang dipun wastani kabesaran nalika nampèni rêsidhèn Mênadho enggal. Nanging ing sapunika sampun rukun.

Apdhèling P.P.P.H. ing Ngayogya, milih Tuwan Cakra Aminata dados kandhidhat up bêstir, têtêping pamilih badhe katindakakên benjing parêpatan ing tanggal 3 Pèbruari.

Parêpatan taunan sêpur bon têtiyang siti mêntas pilihan pangrèh, dumugi sapunika cacahing warga wontên 3500, ingkang 3000 golongan S.S.

Kawartosakên, bilih rantaman waragad praja ing taun 1927 wontên tirahan arta kathah, kados ta saking producten 28 yuta rupiyah, dene tumrap ing bab sanès-sanèsipun, lêbêting arta langkung kathah tinimbang wêdalipun. Padagangan praja botên nirahakên arta, botên ngirangakên. Gungunging rantaman waragad taun 1927 wontên sangandhaping taun 1926.

Wontên wartos, pamarentah badhe ngawontênakên pasinaon punggawa pakunjaran middelbaar, pangagênging Gevangeniswezen sampun anglêmpakakên handleiding kangge pangajaranipun.

Ing Pontianak wontên sêrat kabar enggal nama Oetoesan Borneo, Sinuhun Sultan Langkat rawuh ing kantoripun sêrat kabar wau.

Ing sapunika sadaya punggawa dhepartêmèn pangajaran dipun wontêni kundhisi sêtat, tuwin dipun tamtokakên, kundhisi sêtat wau kêdah katêdahakên dhatêng punggawa ingkang dipun timbang, ing bab awon saening padamêlanipun.

Benjing rawuhipun Sri Nata ing Siyêm ing wulan Juli taun punika, hotèl Dièng badhe dipun sewa, kagêm sri nata sapandhèrèkipun. Konsul Jendral Siyêm sampun dhatêng ing Wanasaba ngrêmbag bab punika.

Miturut cathêtan ing kantor Centraal Statistiek, gunggunging uwos ingkang lumêbêt dhatêng tanah Jawi tuwin Madura ing wulan Dhesèmbêr kêpêngkêr wontên 15.000 ton rêsik, utawi 240.000 pikul.

Ing Batawi badhe wontên ingkang ngêdêgakên Nationale Indonesische Bank, pawitanipun sarana kabage ing andhil, rêgi f 10.-.

Miturut sêrat kabar Sêdyatama, salêbêtipun Sang Nata ing Siyêm 6 dintên wontên ing Ngayogyakarta, rancanganipun makatên: dhahar kêmbul ing kraton sinambi mriksani ringgit tiyang, dhatêng Pakualaman sêgahanipun ringgit wacucal. Mubêng kitha mawi mriksani A.M.S. klinikipun Dhoktêr Yap, Griya Sakit Petronelah, Tamansari, Kitha Agêng, mriksani candhi-candhi Barabudur, Prambanan, lan saurutipun, [sauru...]

--- 178 ---

[...tipun,] mriksani salah satunggilipun pabrik gêndhis, kintên-kintên Dêmak Ijo.

Sêdyatama martosakên: karsa dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta, sampun sarêmbag kalihan paduka tuwan residhèn, salowongipun Radèn Wadana Dwijasewaya, ingkang dipun karsakakên anggêntosi dados pangagêng kantor komtabilitit kas karaton: Gusti Radèn Mas Suatmaji. Kakarsakakên dados kontrolir pêkên kabupatèn Bantul: Bandara Radèn Mas Sayidu, putra têtilaranipun suwargi Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom.

Saking Ngayogyakarta kawartosakên, bilih Tuwan Mr. Radèn Kartanagara, amtênar ingkang kabiyantokakên landrad ing Ngayogya, katêtêpakên dados pangarsa landrad ing Pamêkasan.

Aneta martosakên, pamarentah mêntas nampi pawartos, bilih kala malêm 26/27 Januari punika, ingkang Kawang wontên kabêsmèkkabêsmèn. agêng-agêngan, ingkang anjalari wontên griyaning tiyang bumi lan tiyang Tyonghwa 70 iji, ingkang têlas dening krodhaning latu wau. Karugianipun kintên-kintên wontên f 100.000.-.

Wontên pawartos, benjing tanggal 17 Marêt ing ngajêng punika, ing Pura Wèltêprèdhên, badhe dipun wontênakên parêpatan prêlunipun badhe angrêmbag kawontênanipun rantamtanrantaman. tumrap ing taun 1929.

Kintên-kintên sadasa dintên sapriki, Radèn Adipati Arya Suwônda, Bupati ing Pathi, tampi ganjaran bintang mas agêng saking nagari. Ingkang amaringakên papadukapaduka. Tuwan van Gulick, residhèn ing Sêmarang. Ing dintên wau ing pandhapa kabupatèn Pathi wontên pasamuwan ingkang kajênêngan dening para bupati ing: Kudus, Japara, Purwadadi, Dêmak, Sêmarang sarta ingkang bupati ing Rêmbang. Makatên ugi amtênar Walandi tuwin pribumi inggih kathah.

Saking Surabaya kawartosakên, bilih Tuwan Mr. Subrata, wèt ondhêr ing ngrika, badhe ngaturakên sêrat panuwunan, murih ing Surabaya dipun wontênakên pamulangan karajinan tuwin kagunkagunan. tumrap têtiyang bumi.

Wontên pawartos, bilih Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ing Surakarta, badhe kapisungsung bintang Parentah Prasman, ingkang badhe ngaturakên tuwan kongsul jendral.

Sêrat kabar Warna-Warta martosakên: para putra dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun ing Surakata, inggih punika: Kangjêng Pangeran Arya Cakraningrat, Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda, Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya (warga Rad Kawula) lan Kangjêng Pangeran Arya Mangkuningrat, sami pinaringan ganjaran sri nugraha ôngka 2.

Dhepartêmèn ondêrwis martosakên: wiwit tanggal sapisan wulan punika, pamulangan-pamulangan partikulir ingkang badhe kaparingan subsidhi guprêmèn, inggih punika: pamulangan Walandi tiga 1 ing Glêmore, 2 ing Prabalingga, lan 3 ing Sukabumi. H.C.S. sakawan, 1 ing Bôndawasa, 2 Tanggêrang, 3 Phordhêkok, lan 4 ing Nganjuk. H.I.S. sakawan, 1 ing Klungkung (Bali), 2 ing Medhan, 3 ing Têgal, lan 4 ing Cilacap. Sêkakêl sêkul tiga, 1 ing Bahrawa, 2 ing Batawi, lan 3 ing Surakarta.

Nagari Walandi

Saking Amsêtêrdham kawartosakên: Kangjêng Sri Bagendha Maharaja Putri ing Nèdêrlan, maringi darma arta kangge nindakakên papriksan ing salêbêtipun samudra Indhonesiah ngriki.

Saking Boskup (nagari Walandi) kala tanggal 27 Januari punika, Aneta martosakên kados ing ngandhap punika:

Tuwan T. Ottolander, inggih punika satunggiling ahli tani bôngsa Walandi, ingkang sampun kasuwun naminipun wontên tanah Indiya ngriki, dèrèng dangu punika ngawontênakên rêsèpsi wontên ing hotèl Klassen (inggih ing nagari Walandi) ingkang anjênêngi rêsèpsi wau kathah sangêt, minôngka pakurmatanipun Tuwan Ottolander wau, hotèl kapajang-pajang mawi sêsêkaran èdi sangêt. Ingkang dados juru lêlados para sêtudhèn ing pamulangan luhur têtanèn ing Utrecht ingkang sami mangangge nyara jongos, tuwin para nonah-nonah ingkang sami mangangge sarung saha rasukan kêbayak. Dene ingkang angèstrèni rêsèpsi wau, kajawi têtiyang Boskup piyambak, ugi tilas dhirektur têtanèn ing Indiya ngriki, Paduka Tuwan Dr. H.J. Lovink, Tuwan Prof. Dr. Jeswiet, Tuwan Prof. Dr. Roepke lan Tuwan Prof. Ham, tiga-tiganipun guru agêng ing pamulangan luhur kasbut nginggil, kajawi punika: Kangjêng Radèn Adipati Arya Wiranata Kusumah, Bupati ing Bandhung, Tuwan Ir. Baars panganjuring komunis ingkang samangke sampun mantun dados komunis, lan taksih kathah malih sanès-sanèsipun. Salajêngipun nuntên dipun wontênakên dhahar pista.

Pawartos saking Rêdhaksi

Tuwan Prawira ing Ngayogya, panjurung panjênêngan botên kapacak, awit namung dados prêluning tiyang sagolonganipun piyambak.

Lêngganan nomêr 2912. Kintunan gambar sampun dumugi. Manawi manjurung dhatêng Kajawèn, dipun ngalamatana dhatêng rêdhaksi Kajawèn.

--- 179 ---

Wêwaosan

Sêsupe agêmipun Rajaputri ing Seba

11. Propesor Higgs ambêbêdhag

Propesor Higgs grênêngan: jajal, bok bêdhilên kae. Aku bisa uga luput pambêdhilku, lan kewan-kewan mau banjur padha lumayu. Saking agênging panalangsanipun, Propesor Higgs malah lajêng dados asor. Kanthi alon-alonan Orme lan kula lajêng tangi saha jèngkèng ngêngakakên platuking sanjata. Kajawi namung satunggal, kewan sanès-sanèsipun sampun sami langkung, lan kewan ingkang satunggal wau lampahipun kintên-kintên kalih dasa mètêr têbihipun saking sanès-sanèsipun. Orme lajêng narik platuking santaja wau, ananging botên mungêl. Ing wingkingipun kula sadaya nyumêrêpi, bilih sanjatanipun kêlêbêtan pasir.

Kula inggih ngincêng, ananging mripat kula dados botên pramana, lan tangan kula jimpe sangêt. Makatên malih wontên ing gagasan, bilih gêsang kula sadaya punika, gumantung dhatêng mimis wau, punika adamêl bingunging manah kula, ananging inggih kêdah katindakakên sapunika ugi, utawi botên babarpisan. Taksih tigang pêcak malih, kewan wau inggih lajêng wontên sawingkinging rêdi.

Kula lajêng nyanjata, ananging kula kraos, bilih panyanjata kula punika lêpat, kewanipun mancolot majêng sakêdhik. Ananging sarèhning kewan wau dèrèng nate mirêng swaraning sanjata, lajêng kèndêl sêmu gumun, sarta lajêng ningali ênêr kula sadaya wau.

Saking agênging kuwatos kula, kula lajêng nyanjata malih prasasat botên mawi ngincêng. Ananging sapisan punika lampahing mimis ngèngingi jantung lêrês. Kula sadaya lajêng bêbrangkangan amurugi. Tumrap kula sadaya bêgja sangêt, dene kewan wau mêntas kemawon ngombe. Cara-caraning panêdha kula sadaya dhatêng kewan wau, manawi kula sapunika kèngêtan, kula sadaya rumaos mêngkirig.

Sasampunipun kula sadaya nêdha ingkang botên pantês wau, kula sadaya rumaos kathah sêgêripun, saha lajêng sami tilêm sawatawis. Miturut petangan kawontênaning lintang kala punika, dununging dhusun wontên sakidul kula. Kula sadaya lajêng ngirisi daginging kewan wau saha sumêdya kangge sangu lumampah. Salêbêtipun sadalu muput, kula sadaya lumampah lajêng, sajakipun larik-larikaning gumuk-gumuk punika botên wontên pungkasanipun. Enjingipun kula sadaya sami nêdha daging mêntah saha ngombe tirahaning toya ingkang namung sawatawis tètès wau.

Dangu-dangu lampah kula sadaya dumugi papan radin adhêdhasar sela, lan sukuning rêdi sajakipun sampun cakêt, sanadyan ta têbihipun taksih pintên-pintên pal saking ngriku, saya dangu kêkiyatan kula saya têlas, sagêdipun majêng kanthi rêkaos sangêt. Sanadyan ing ngrika-ngriki wontên wananipun, ananging botên wontên toyanipun babarpisan. Kula sadaya sami nyêbroti gêgodhonganing wit-witan, lajêng sami dipun sêsêp-sêsêp, ananging raosipun angunêg-unêgi. Kula têtiga wau, Propesor Higgs ingkang botên kiyat piyambak, amila inggih piyambakipun ingkang rumiyin piyambak, botên sagêd anglajêngakên lampahipun. Sanjatanipun sampun kabucal rumiyin-rumiyin, jalaran piyambakipun sampun botên kongan ambêkta, ananging kala punika kula sadaya botên amigatosakên. Salajêngipun kula kalihan Orme lajêng andhabyang Higgs.

Kintên-kintên lêt satêngah jam malih lajêng kula ingkang botên sagêd anglajêngakên lampah, lan kula lajêng gadhah rêmbag, murih katilar wontên ing ngriku kemawon. Minôngka wangsulanipun Orme namung ngulungakên tanganipun kiwa. Sanadyan sangsaranipun makatên, ananging gêsang punika sakeca, amila kula inggih lajêng anyandhak tangan ingkang dipun ulungakên wau.

Makatên lampah kula sadaya sawatawis, ngèmpêri têtiyang mêndêm kêkalih, ingkang jinagi ing tiyang satunggal ingkang botên mêndêm, supados botên kacêpêng ing pulisi. Orme punika tamtunipun satunggiling tiyang ingkang kiyat sangêt, ananging ujug-ujug piyambakipun têka lajêng dhawah, kados tiyang ingkang kenging mimising sanjata. Dene Propesor Higgs sanadyan taksih èngêt, nanging sampun pêtêng pandulunipun. Sakêdhap piyambakipun gadhah pangintên, bilih kula punika satunggiling pandhita, saha piyambakipun lajêng angakêni dosanipun dhatêng kula, bab prakawis gêgadhahanipun barang kina, ingkang asalipun wau botên absah.

Murih piyambakipun sagêda aso, jalaran kula kuwatos manawi sagêd dados ewah, kula lajêng suka pangapuntên sacandhak-candhakipun kemawon, salajêngipun, propesor lajêng dhawah kanthi lêga manahipun, lan pangglethakipun jèjèr kalihan Orme botên nyuwara babarpisan. Lajêng punapa daya kula ing samangke, mitra kula ingkang sêtya sampun gumlethak ing ngriku pêjah, utawi inggih sampun lênggèk-lênggèk, makatên ugi lare neneman jejeranipun [jejerani...]

--- 180 ---

[...pun] punika. Kula gadhah gagasan badhe damêl bêdhiyan, ingkang makatên punika rak badhe sagêd nêbihakên para singa barong. Kadospundi girising manah gumlethak wontên ing ngriku, lajêng ngraosakên kukuning singa tanpa sagêd anglawan babarpisan. Ananging kala punika, kula botên kongan anglêmpakakên pirantos-pirantosing badhe bêdhiyan wau. Ing lêbêting sanjata kula, kula taksih gadhah mimis tiga, sanès-sanèsipun sampun kula bucal, amargi kawratên. Salajêngipun kula gadhah niyat sumêdya ngungêlakên mimis tiga wau, jalaran wontên kula samangke punika, mimis wau botên wontên pigunanipun punapa-punapa. Ananging pamanggih makatên punika kula kêlintu. Mimis ingkang satunggal lajêng kula ungêlakên, saha kula tamatakên kanthi wigatos, kapengin nyumêrêpi wontên ing pundi dhawahipun mimis wau. Sasampunipun kula lajêng tilêm, botên watawis dangu kula kagèt, saking pangaluping yenah (inggih punika sabangsaning sagawon, sukunipun ngajêng langkung panjang tinimbang ingkang wingking, têdhanipun bangke), mripatipun yenah ingkang mancorong kala punika sampun cakêt sangêt kalihan kula, kula lajêng ngincêng saha nyanjata, lan lajêng mirêng swara sora tandhaning kasakitan, kewan wau tamtunipun botên bêtah dhatêng têtêdhan malih.

Sêpêning sagantên wêdhi kala punika adamêl aliting manah kula, ngantos kula lajêng kapengin pêpanggihan kalihan yenah wau, mimis ingkang nomêr tiga lajêng kula ungêlakên malih, sanjatanipun kula acungakên wontên sanginggiling sirah kula. Sasampunipun kula lajêng nyêpêng tanganipun Higgs ingkang dados tôndha gêgandhengan kula dhatêng kamanungsan, saha gumlethak wontên ing ngriku, ngêntosi dhatênging malaekat ingkang anjabut nyawa...

Kula lajêng tangi saha kraos, bilih wontên tiyang nètèsi toya wontên ing cangkêm kula, ing batos kula anggagas makatên: e, iki suwarga. Amargi kala punika rumaos kula, toya kalihan suwarga punika sami kemawon. Pangombe kula toya, punika namung sarilanipun ingkang nyukani, salajêngipun kula nuntên tangi, saha saking padhanging lintang-lintang, kula sagêd sumêrêp dhapuripun Sêrsan Quick, ingkang kala punika tumiyung nungkuli kula. Makatên ugi kula sumêrêp Kapitan Orme linggih, menga-mengo sajakipun bingung. Ing ngriku wontên sagawon agêng, ingkang sirahipun kados sirahing sagawon dhog, andilati tanganipun Orme. Samangke kula inggih kèngêtan, bilih sagawon punika, ingkang Kapitan Orme tumbas saking tiyang siti ingkang gêsangipun ngulandara, saha namaning sagawon punika Pharaoh, wontênipun dipun namakakên makatên wau, jalaran mênang kêrahipun kalihan sagawon sanès-sanèsipun, kajawi punika kula kèngêtan dhatêng unta kêkalih ingkang ngadêg cakêt ngriku. Dados kula sadaya punika taksih gêsang wontên ing ngalam donya.

Kula lajêng pitakèn kanthi swara lêlah makatên: kapriye anggonmu bisa nêmu aku kabèh iki: sêrsan.

Sêrsan Quick amangsuli: dede kula ingkang manggihakên panjênêngan: bandara dhoktêr, ananging sagawon punika. Tumrap lêlampahan ingkang kados makatên wau, sagawon punika ajinipun langkung kathah tinimbang manungsa, ingkang kula sadaya botên sagêd sumêrêp, sagawon sagêd ngambêt, manawi panjênêngan sampun ragi dhangan, panjênêngan kula aturi mariksani kawontênanipun Tuwan Higgs, jalaran panjênênganipun sampun seda.

Kula lajêng ningali dhatêng Propesor Higgs lan pamanggih kula inggih sami, mung kemawon botên kula lairakên. Uwangipun ngandhap anggandhul, gumlethakipun tanpa ebah-ebah babarpisan, mripatipun botên kêtingal, jalaran kêtutupan kaca mripat biru.

Kula wicantên: anjaluk banyu. Salajêngipun Sêrsan Quick angêcori toya dhatêng salêbêting cangkêm, ingkang lajêng têrus lumêbêt, ewadene Propesor Higgs dèrèng ebah-ebah. Panganggenipun lajêng kula uculi, saha kula titipriksa jantungipun, ing sakawit kula botên mirêng punapa-punapa, dangu-dangu lajêng kêmirêngan swara lamat-lamat.

Kula wicantên: la, isih ana pangarêp-arêpe, apa kowe anggawa brênduwin.

Sêrsan Quick amangsuli sajakipun jèngkèl: salaminipun dèrèng nate kêkesahan botên ambêkta makatên wau. Salajêngipun piyambakipun mêndhêt gêndul waja isi brênduwin wau.

Wicantên kula: jajal wèhana brênduwin iku sathithik. Sêrsan Quick botên ngantos kaping kalih dipun prentah makatên wau. Sarana makatên punika mitulungi dadakan, sabab Propesor Higgs lajêng linggih, angob saha tansah wahing.

Propesor Higgs lajêng garundêlan kados pelo, wicantênipun: êlo, athik brênduwin, barang anjêlèhi bangêt, aku wong sing ora tau ngombe inuman kêras. E lha, saru bangêt, ora bakal aku ngapura mênyang kowe. Êndi banyu bae, banyu bae.

Salajêngipun kula sadaya lajêng nyukani toya dhatêng piyambakipun, pangombenipun wau sakalangkung kathah, kula sadaya ngantos kêpêksa ngrêbat toya wau. Dangu-dangu piyambakipun lajêng èngêt kados suwaunipun malih. Kacanipun mripat biru, ingkang kala punika taksih dipun angge, enggal-enggal lajêng dipun bêthot saha kanthi mripatipun ingkang landhêp wau, piyambakipun nyawang Sêrsan Quick.

Wicantênipun: saiki aku ngrêti, dadi aku kabèh iki ora mati. Yèn dipikir mangkono iya eman-eman, anggone wis tata-tata kaya sing wis ditindakaheditindakake. ing ngarêp mau. Kapriye ta dhèk mau.

Kapitan Orme amangsuli: êmbuh ora wêruh, takona bae mênyang Sêrsan Quick. (Badhe kasambêtan)

--- [181] ---

Ôngka 10, 12 Ruwah Taun Jimakir 1858, 1 Pèbruari 1928, Taun III

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Kawontênan ingkang Damêl Sêngsêm

[Grafik]

Sontan-santuning sawangan, mênggahing manungsa rumaos tansah manggih kasênêngan, gambar ing nginggil punika mujudakên wêwarnèn ingkang araos silir tuwin adamêl ngantuk.

--- 182 ---

Raos Jawi

Tiyang ingkang sagêd nyimpên wados.

Wados punika satunggiling bab ingkang botên wajib dipun andharakên dhatêng tiyang sanès, nanging manawi dipun manah lêbêt, tiyang pancèn botên prêlu ngawontênakên wados, awit sintên tiyangipun ingkang anggadhahi wados, atêgês anggadhahi kalêpatan, lan sintên tiyangipun ingkang sumêrêp utawi dipun lairi ing wadosing liyan, punika wajib lajêng anampèni wados wau ingkang parimpên, dene parimpêning simpên wados punika botên wontên kados patrap anyuwungakên, têgêsipun lajêng botên angraosakên. Ing sawênèhing sêrat wontên têtêmbunganipun makatên: anggèn sampeyan ngêculakên wados dhatêng kula punika, upaminipun sampeyan kados nyimpêni barang wontên ing pêthi, ingkang lajêng ical kuncinipun, tamtu botên badhe kêwêdhar ing salami-laminipun. Têtêmbungan makatên punika têrang bilih kajêngipun anyuwungakên manah.

Dene mênggahing tiyang ingkang sagêd nyimpên wados wau tiyang ingkang kadospundi, punika angèl dipun pathok, punapa wontên ing tiyang ingkang pintêr, tuwin punapa wontên ing tiyang bodho, punika sami botên sadaya, awit mênggahing tiyang pintêr, trêkadhang malah mirah ing ginêm, awit ngrumaosi manawi kathahing sêsêrêpanipun malah dados praboting wêwatêkanipun sêdya mêmunjuli. Sarèhning tiyang rumaos punjul piyambak, sampun tamtu kemawon badhe angêmohi dhatêng ucap awon, dados tumrap awoning liyan kamanah botên prayogi manawi ngantos anglèpètana dhatêng piyambakipun, mila sok adhakan, malah purun angginêm awoning liyan, ingkang awoning tiyang wau têgêsipun wados. Manawi makatên ingkang sagêd simpên wados punika punapa wontên ing tiyang bodho, punika saya lôngka, awit mênggahing tiyang bodho, sok botên sumêrêp, ingkang dipun wastani wados punika ingkang kadospundi, dados manawi rêrêmbagan sok sak-sok tanpa dêdugi, botên karaos manawi katutan punapa-punapa.

Bokmanawi tiyang ingkang kuwawi simpên wados wau, tiyang ingkang pancèn sampun gadhah dhêdhasar suci ing manah, awit dhêdhasar ingkang makatên punika sagêd manggèn wontên ing pundi-pundi, dhatêng tiyang bodho purun, dhatêng tiyang pintêr mathuk. Mênggah kêtingalipun dhêdhasar ingkang makatên punika, pinanggih samôngsa tiyang ingkang nglampahi wau têtela botên adamêl kapitunaning tiyang sanès, têgêsipun kuwawi damêl wilujênging wados ingkang dipun kandhut. Wontên cariyos ingkang kenging kangge pêpiridan kados ing ngandhap punika:

Kala jaman nêngah-nêngahi ramening pêrang Dipanagaran, [Dipanaga...]

--- 183 ---

[...ran,] wontên sawênèhing tiyang jalêr kaplamêng mangilèn dhatêng tanah Kêdhu, lampahipun rêreyongan kalihan anggèndhong anakipun èstri alit, ingkang taksih wanci umur tigang taun. Samargi-marSamargi-margi. anakipun tansah budi nangis akontrang-kantring, bapakipun tanpa kêndhat tansah ngarih-arih murih kèndêling anakipun, awit kêsamaran, manawi konangan mêngsah tamtu dados tawanan. Wusana anakipun dados rapih. Nanging botên dangu lampahipun kêpapag ing prajurit Walandi, lajêng dipun êndhêg, saha dipun takèni kathah-kathah, awit dipun samarakên manawi tiyang wau têlik, sarêng têtela botên, lajêng wontên sawênèhing upsir naros dhatêng piyambakipun, punapa purun dados gamêlipun. Tiyang jalêr mangsuli: kula purun anglampahi, nanging kadospundi, kula punika sayêktosipun dados tiyang repot, panjênêngan pirsa piyambak, kula gadhah anak alit taksih samantên, punika tamtu makèwêdi. Wangsulaning upsir: prakara repotmu mêsthi, iya bèn lakonana ing sakapenake, awit ing saiki aku butuh bangêt. Cêkaking cariyos, tiyang jalêr wau saèstu andhèrèk tuwan upsir, kêkinthil sapurug-purug, anakipun tansah wontên ing gendhongan. Sarêng rêjaning jaman, tiyang jalêr wau lêstantun dados gamêlipun tuwan upsir, manggèn wontên satunggaling kitha.

Kacariyos tiyang jalêr wau sarêng badhe dumugi ing janji ugi taksih wontên ing astanipun tuwan upsir, anakipun sampun prawan, salêbêtipun tiyang wau sakit, tuwan upsir tansah nuwèni dhatêng pondhokanipun, ingkang nunggil sacapuri, dening angèngêti dhatêng kasêtyaning abdi ingkang sampun nate andhèrèk lara-lapa.

Nuju sawênèhing dintên, nalika tuwan upsir nuju tuwi, tiyang jalêr matur dhatêng tuwan upsir kalihan bisik-bisik: tuwan, kula rumaos sampun botên kuwawi dagu-dangu malih wontên ing donya. Tuwan - sarêng anggènipun wicantên dumugi ngriku lajêng clingak-clinguk, saha sarêng botên wontên tiyang sanès, lajêng wicantên malih - kula nyuwun titip lare èstri punika, punika saèstunipun sanès anak kula, putranipun bandara kula, ingkang kala samantên kêplajêng wontên ing paprangan. Sasampunipun wicantên makatên lajêng ngajal.

Tuwan upsir sarêng tampi wêwêling makatên wau, karaos-raos ing galih, saha gumun, dene gamêlipun sagêd ngampêt wados ingkang ngantos pintên-pintên taun, wusana lare èstri lajêng dipun pundhut putra, saha salajêngipun dipun emah-emahakên kêlêrêsan.

Dongèng punika cêtha anggèning anggambarakên kawontênaning tiyang ingkang sagêd nyimpên wados, dene kuwawi nyimpên ngantos mèh dumugi ing janji. Awit kintên-kintên saupami ngantos kêprojola kala rumiyin, sagêd ugi damêl kirang sakecanipun ingkang nglampahi dados wados, tuwin sarèhning tiyang wau kêtingal gadhah dhêdhasar suci ing manah, mila pêcahing wêwadosipun inggih dilalah dhawah ing tiyang ingkang ugi dhêdhasar suci, mila wilujêng ingkang pinanggih.

--- 184 ---

Kawruh Warni-warni

Bab lisah patra utawi lisah tanah (Aardolie).

Mênggah ingkang dipun wastani lisah patra punika lisah ingkang mêdal saking salêbêting siti, pramila ugi dipun wastani lisah siti utawi lisah tanah. Pamêndhêtipun sarana dipun bur. Wondene wiwitipun tiyang sami gadhah akal ngêbur lisah wau, dèrèng dangu, sapriki watawis sawêg 70 taun. Ing jaman rumiyin tiyang ugi sampun sumêrêp, yèn ing salêbêtipun siti punika wontên bangsanipun lisah, nanging tiyang dèrèng gadhah pratikêl migunakakên lisah wau. Dados namung dipun umbarakên kemawon.

Wondene asal-asalipun lisah wau, para sarjana dèrèng sagêd anêtêpakên ingkang saèstu. Wontên ingkang anêrangakên, kilihbilih. lisah wau asalipun saking gajih lan dagingipun ulam lan kewan sagantên. Ing wasana awit saking salah satunggiling sabab, sagantên punika katutup ing siti, sasampunipun pintên-pintên èwu taun, saking dangunipun, gajih lan sapanunggilipun wau dados lisah.

[Grafik]

Plêmpêng margi lisah

Katêrangan ing nginggil punika wontên èmpêripun, awit ing sumur bur lisah ing sakiwa têngênipun Balikpapan, têrkadhang asring wontên toyanipun asin, sadèrèngipun mêdal lisahipun. Ugi ing sumur bur ingkang têbih saking sagantên.

Mênggah siti ingkang kathah sangêt lisahipun, inggih punika ing Amerikah, mèh 90% saking sadaya lisah tanah punika asal saking nagari ngriku. Nagari Ruslan ugi kapetang sugih lisah, nanging botên wontên amput-amputipun Amerikah. Nagari Pèrsi ugi ngêdalakên lisah, watawis 2½% dene Indhia ngriki namung 2%, dados kalêbêt sakêdhik, manawi kapandhing kalihan nagari sanèsipun.

Ing Indhia mriki ingkang sampun kasumêrêpan wontên lisah, ing Sumatra ing Acèh, Pangkalan Brandhan, Jambi lan Palembang. Ing tanah Jawi ing paresidhenan Rêmbang lan Surabaya. Dene ing Borneo wontên lisah ing Jajahan, Kutèi lan ing Tarakan. Ing pulo Sèlèbês ugi wontên lisah nanging dèrèng dipun pêndhêt. Dene ing Maluku wontên lisah, ing pulo Seram. Ing sanèsipun panggenan ugi wontên lisah, nanging botên kathah, ingga manawi dipun pêndhêt, pamêdalipun botên ambêjaji.

Ing nginggil kula sampun matur, yèn pamêndhêtipun lisah wau sarana dipun bur, pangêburipun ngangge mêsin ingkang agêng saha kiyat, dene lêbêtipun ngantos atusan mètêr. Sawênèh lisahipun sampun mancurat piyambak manginggil. Têrkadhang kêdah dipun [dipu...]

--- 185 ---

[...n] pômpa rumiyin. Manawi lisah wau nêmbe mêdal saking siti, dèrèng sagêd dipun angge punapa-punapa, rupinipun abrit utawi cêmêng, kados kecap. Dene lisah wau kêdah dipun rêsiki lan dipun olah rumiyin ing pabrik. Pangusungipun dhatêng pabrik sarana baita utawi sêpur, langkung gampil malih lisah wau kailèkakên sarana pipa dhatêng pabrik, sawênèhing pipa-pipa wau wontên ingkang panjangipun ngantos 300 K.M. (ing Palembang).

[Grafik]

Palabuhan ing Balikpapan.

Pabrik-pabrik wau wontên ing Pangkalan Brandhan, Plaju (sacêlakipun Palembang), Cêpu, Wanakrama, lan ing Balikpapan, ingkang agêng piyambak inggih punika pabrik Balikpapan. Ing pabrik-pabrik ngriku lisah wau dipun bêntèri, anggènipun ambêntèri saking sakêdhik. Ing wiwitanipun dipun bêntèri dumugi watawis 60° C., uwab ingkang mêdal lajêng dipun asrêpakên, dados lisah bènsin, mênggah bènsin punika wontên warni-warni, miturut awrat utawi ènthèngipun (soortelijk gewicht) dene kanggenipun ugi warni-warni. Bènsin ingkang kangge nglampahakên mêsin utawi motor punika botên sami kalihan bènsin ingkang kangge isèn-isèn lampu.

Tirahanipun lisah dipun bêntèri ngantos dumugi 140° C., uwabipun kadadosakên lisah Petroleum ingkang kathah sangêt paedahipun. Manawi bènsin lan Petroleum sampun kapêndhêt têlas, tirahanipun dipun wastani residu, punika asring dipun angge nglampahakên baita kapal, kabaripun langkung sae tinimbang arêng sela. Nanging residu wau taksih kenging dipun pêndhêt sarinipun, kadadosakên: lilin (paraffine) asphal, tir, lan sapanunggilanipun.

Sunadi.

--- 186 ---

Panglipur Manah

Mitra lair batos.

[Sinom]

raras rondhon tumaruna / ngênani sarasèng ati / kadi ta ing tatanira / kang katon ing para tani / dahat dènnya mrêtèni / marang rajakayanipun / êcake sabên dina / lir pakulinaning janmi / kang apindha katrêsnaning mitra darma //

awit ki tani rumasa / rajakaya dadya kanthi / tumindake ngupa boga / sarêgêp dènnya ngrowangi / barêngan anglakoni / nèng panas atis tan ketung / katon mung sarwa suka / rêrowang mamèt rijêki / mung narima ingopenan uripira //

marma kalamun rinaras / katrêsnaning para tani / marang rajakayanira / kêni pinèt ing palupi / rukunirèng kêkalih / mawèh kasantosan agung / kang rosa pinarentah / dinanan sarwa nyukupi / mrimrih. nyukupi mring traping panyambutkarya //

dene sato kang kadanan / nadyan tan darbe pangrêti / wantuning waras lan rosa / tumindake nyakecani / tan mawi ngêtog budi / mung nrima umalês bau / ing sasakecanira / prandene antuke ugi / angungkuli tumindaking nyêngka rosa //

kang katon ing sabên dina / wiwit palêthèking rawi / sakarongron wus tumandang / maring sabin ulah siti / atis kungkum ing warih / prandene rêna ing kalbu / malah sinambi ngraras / caraning lagon anggurit / sinêlanan sênggak hir hir giya giya //

riwusing karasa panas / nulya rèrèn dèn uwisi / ingajak mulih barêngan / kalawan mampir ing kali / prêlu pinurih rêsik / mrih rêgêding angga larut / taliti kinosokan / tumuli giniring mulih / pinrênahkên anèng papan palegungan //

kanthi sinadhiyan pangan / wusing katog dènnya bukti / nulya anjêrum sakeca / tan kêndhat anggung gayêmi / lan netra mêrêm mêlik / kadi anggagas ngêlangut / yèn rinaras manawa / kadi janma ulah pikir / nêdya malês marang asihing bandara //

wancining surya gumiwang / panasira wus ngadhêmi / ingajak malih bêbrayan / sêsarêngan nambutkardi / kongsi tumêkèng wanci / punang baskara mèh surup / bali mulih lon-lonan / nora lali mampir kali / saya dahat ingudi barêsihira //

awit ratri kalanira / dununging pangason yêkti / ingkang darbe rajakaya / dahat dènira ngêngudi / supadi kêbo sapi / têntrêm ngaso wanci dalu / pinrênah anèng kandhang / trêtip lan dèn badhiyani / mrih dinohan kewan kang ngrêridhu nendra //

dahat dènira angeman / malah ing kalaning ratri / lamun nyuwara gumlodhag / gita-gita dèn tuwèni / paran kang anjalari / satêmah kongsi pinangguh / ingkang mawèh karana / riwusing têntrêm anuli / tinilar lan ingêplèk-plèk badanira //

kalamun ing kalanira / ngasoning panambutkardi / yèku ing môngsa panenan / karênanirèng kêkalih / lir sami janma yêkti / kawuryan ana ing sêmu / lir èsêm-ingèsêman / labêt ngrasa wusing kardi / mangkya ngraras pan tukaking nambutkarya //

--- 187 ---

Cariyos Warni-warni

Krodhanipun wukir Krakatao

Ing sêrat-sêrat kabar sampun sami martosakên, bilih wukir Krakatao katingal mêmpêng sangêt urubipun, kêbul sarta asêp ingkang mêdal saking rêdi wau agêng sangêt, ingkang makatên wau anjalari têtiyang ing labuhan tuwin têtiyang sauruting pasisir paresidhenan Bantên, sami tintrim sadaya saha kathah ingkang sampun sami ngungsi manêngah. Tiyang-tiyangipun jalêr manawi dalu sami manêngah têbih, manawi siyang wangsul madamêl malih. Ing ngriki botên badhe angandharkên kadospundi mênggah krodhaning wukir Krakatao ingkang samangke punika, ingkang adamêl mirising tiyang kathah saha anjalari pintên-pintên tiyang sami boyong saking dhusunipun, amargi para maos tamtunipun ingkang kathah sampun sami maos wontên ing sêrat-sêrat kabar padintênan. Dene ingkang badhe kacariyosakên ing Kajawèn ngriki, papan padunungan saha kawontênanipun wukir Krakatao wau, prêlunipun para maos sagêda angintên-intên mênggah sabab-sababipun, ingatasing dèrèng wontên bêbaya punapa-punapa ingkang nêmahi, têtiyangipun têka sampun miris saha kathah ingkang sami ngungsi dhatêng sanès panggenan.

[Grafik]

Prênahing rêdi Krakatao kukusipun tansah mêdal, anggêmbulêng sulak cêmêng.

Mênggah wukir Krakatao punika, satunggiling pulo rêdi latu alit wontên ing supitan Sundha, inggih punika supitan sagantên saantawisipun pulo Jawi lan Sumatrah. Namaning rêdi Krakatao punika kasuwur ing saindênging bawana, jalaran saking sumêbaring pawartosipun kala amblêdhos nalika tanggal 26 dumuginipun tanggal 28 Agustus ing taun 1883. Sayêktosipun rêdi Krakatao punika sampun kêrêp amblêdhos, kados ta ing wulan Mèi taun 1680, punika inggih kawartosakên wontên pamblêdhosipun rêdi Krakatao wau, ananging botên sangêt saha botên adamêl kapitunaning tiyang. Sasampunipun rêdi wau lajêng kèndêl angukus laminipun kirang langkung 200 taun, kala punika kinintên, bilih kawahipun sampun botên umob malih, ing wêkdal punika inggiling rêdi kintên-kintên 822 mètêr. Sarêng tanggal 20 dumuginipun tanggal 23 Mèi ing taun 1883 ujug-ujug wontên pamblêdhosan, ingkang dipun wiwiti mawi lindhu sawatawis, awu lan kukusing pamblêdhosan wau inggilipun kintên-kintên 10.000 mètêr, ananging [ana...]

--- 188 ---

[...nging] awu saha selanipun kambang ingkang sami dhawah botên patos kathah, ing kubênganing ngriku namung wontên ½ mètêr kandêlipun. Suwaraning pamblêdhosan wau ngantos kapirêng têbihipun 350 kilo mètêr utawi kirang langkung 333 pal, kados ta: ing Palembang kemawon tiyang ngantos sagêd mirêng cêtha pamblêdhosing rêdi Krakatao wau, ananging kala punika prasasat botên wontên kapitunan punapa-punapa.

[Grafik]

Ananging wiwit punika ugi lajêng botên wontên kèndêlipun babarpisan, sabên-sabên wontên pawartos, bilih rêdi wau ngukus saha ngêdalakên awu, kala-kala kapirêng swara ambalêdhos, saha ing wulan Juni tuwin Juli sajakipun tuwuh pintên-pintên kawah enggal. Ewasamantên ambalêdhosipun ingkang sayêktos ujug-ujug tanggal 26 dumuginipun tanggal 27 Agustus, wiwitipun ing tanggal 26 ing wanci sontên, dene agêng-agênging pambalêdhosan kala tanggal 27 Agustus kintên-kintên wanci jam 10, wiwit punika saya dangu saya mêndha, saha rampungipun ing tanggal 28 Agustus ing wanci enjing.

[Grafik]

Mirit petanganipun Tuwan Verbeek pambalêdhosan rêdi Krakatao kala punika, angêdalakên lahar, sela, awu lan sasaminipun, botên kirang saking 18 K.M.³, upami kaetang mawi blèg-blegan lisah tanah makatên, kintên-kintên botên kirang saking 576.000 blèg, samantên wau ingkang kalih pratigan dhawah sakubênging pulo ingkang têbihipun wontên 10 pal, dene awu-awu lêmbat ingkang dhawahipun mangilèn, punika saya têbih malih. Mênggah panggenan-panggenan ingkang kadhawahan wau, punika wiyaripun kirang langkung 827.000 K.M.³, upami dipun ukura makatên, jêmbaripun wau kintên-kintên tikêl tiga likuripun tanah Priyangan. Ananging jawah awu wau botên adamêl kapitunan agêng, awit ing têpis wiringipun pulo punika prasasat botên dipun ênggèni ing tiyang. Dene ingkang angrisak-ngrisakakên punika inggahing toya sagantên ingkang ngêlêbi dharatan sauruting pasisir Batawi, Bantên, tuwin Lampung, jalaran wontênipun alun agêng. Dene alun agêng wau tuwuhipun sabab saking jugruging rêdi wau utawi sabab sanès-sanèsipun. Langkung-langkung ing apdhèling-apdhèling Tanggerang, Caringin, Anyêr, Serang, Sêmangkah, Kêtimbang, Têlok Bêtung, Lampung, punika para Walandi kemawon ingkang pêjah wontên 37, para tiyang pribumi 36380, dene dhusun-dhusun ingkang sirna babarpisan wontên 165, ingkang namung karisakan 132, pakampungan-pakampungan ingkang suwaunipun kathah têtiyangipun, kados ta ing: Anyêr, Mêrak, Caringin, Kêtimbang, Kaliandhah,

--- 189 ---

Têlok Bêtong, Bêneawang, prasasat musna babarpisan.

Samantên mênggah bêbaya ingkang nêmahi kala pambalêdhosipun wukir Krakatao kala ing taun 1883, amila inggih botên kenging dipun paibên mênggahing kawontênanipun têtiyang ing ngrika, dene samangke sami giris saha lajêng sami boyong saking dhusunipun, punika botên sanès jalaran kuwatos manawi nêmahi kados ingkang sampun. Mila lêrês anggènipun pamarentah anitipriksa saha sadhiya baita lan sasaminipun, murih sagêd cakut manawi nêmahi wontên bêbaya, ananging ingkang makatên wau mugi sampun ngantos kalampahan.

Ingkang punika Kajawèn andhêdhèrèk mêmuji, mugi-mugi kawontênanipun rêdi Krakatao wau kandhêga sêmantên kemawon, malah lajêng sirêp pangukut krodhanipun.

Bab Kasarasan

Rêsikan

Rêsikan punika kenging dipun wastani bakuning tata cara ingkang migunani saha nuwuhakên dhatêng kasarasan, mila tumrap tiyang ingkang sampun mangrêtos dhatêng ajining kasarasan, tindak rêsikan punika tansah dipun èngêti saha dipun êcakakên sabên dintên.

Tumrap tiyang amêngku bale griya, wajib sangêt kêdah gadhah tindak kados makatên wau, minggahipun malih tumraping priyantun ingkang gadhah wajib rumêksa dhatêng kawilujênganing têtiyang bawahipun, ugi kêdah makatên, saya tumrapipun ing pamarentah, punika tanpa kêndhat anggènipun ngudi dhatêng kasarasan.

Sanadyan sampun limrah rêsikan punika sampun dados wajibipun piyambak, nanging wontên kala mangsanipun mêksa taksih dipun èngêtakên ing liyan, inggih punika kalanipun manawi nuju tuwuh wontên sêsakit. Sapisan ngudi rêsiking badan, ing jawi lêbêtipun, tumrap ing jawi inggih rêsiking badan punika, dene tumrap ing lêbêt saening têtêdhan, punika sabên tiyang sampun mangrêtos. Lajêng rêsiking papan ingkang dipun ênggèni, wusana dumugi rêsiking pakarangan. Sadaya wau botên liya inggih manjing dhatêng pigunaning kasarasan.

Kasarasan punika mênggahing tiyang tansah dipun udi murih tansah pinanggih têtêp, dene ingkang ngewahakên dhatêng adêging kasarasan, botên liya namung pun sêsakit, dados sêsakit ingkang tansah dipun prayitnani murih sampun ngantos nyakêt ing manungsa.

Kados ta tiyang rêrêsik pakarangan, ambabadi ingkang runggut-runggut, ngurug ingkang jêmbêg-jêmbêg, pigunanipun nêbihakên dhatêng lêmut, awit sampun kasumêrêpan, bilih lêmut punika wontên ingkang anggadhahi wiji sakit malariah.

Wontên malih rekadaya rêrêsik, ingkang pamurihipun ngicalakên tikus ing salêbêting griya, awit [awi...]

--- 190 ---

[...t] sampun kasumêrêpan, bilih tikus punika anggadhahi wiji sêsakit ingkang dipun wastani pès. Dene patrapipun nyirnakakên warni-warni, inggih punika sarana kala jêplak, kala kurungan, sawênèh wontên akalan: blèg lisah pèt dipun isèni toya satêngah andhap, ing nginggil dipun tutupi ing dalancang mawi katumpangan têtêdhan ingkang gandanipun anggadag. Punika samôngsa tikus mambêt gônda wau lajêng minggah sanginggiling blèg, wusana tikus kajêglong ing dlancang, kêcuwug lajêng klêbêt ing toya.

[Grafik]

Griya-griya ing Manggarai, Mèstêr Kornèlis, kêtingal sarwa rêsik prayogi.

Sayêktosipun pratikêlipun rêrêsik nyirnakakên tikus, punika sawênèhing tindak ingkang tansah lumintu tanpa kêndhat, awit tansah ngawekani murih sampun ngantos wontên tikus manggèn salêbêting griya, dados kêdah tansah nyumêrêpi dhatêng papan-papan ingkang kiwa tuwin pêtêng, ingkang sakintên kenging dipun ênggèni tuwin dipun êrongi ing tikus. Upaminipun ing panggenan abrag-abrag ingkang awis kêsrambah, punika adhakan sangêt kangge susuh. Longan-longan ingkang pêtêng adhakan kangge ngêrong. Sadaya wau kêdah tansah dipun taliti sampun ngantos pinanggih makatên. Mila kawontênan salêbêting griya wau kêdah ingkang padhang, kajawi prêlu kenging kangge nyumêrêpi manawi wontên punapa-punapa, inggih migunani sagêd ngangsalakên hawa sae ing salêbêting griya.

Tindak rêsikan ingkang ajêg punika, tumrap tiyang ingkang dèrèng kulina, rumaos awrat sangêt, mila tumrap panggenan ingkang katindakakên murih tiyang ajêg rêsikan, punika têtiyangipun sami ngrumaosi manawi kados manggih paukuman, awit sabên saminggu sapisan, malah trêkadhang kaping kalih, sami kapurih ngêpeni bantal, rêrêsik salêbêting griya ingkang ngantos gumrining. Nanging sarêng sampun kulina, têtilangtêtiyang. ingkang nglampahi lajêng [la...]

--- 191 ---

[...jêng] mangrêtos piyambak, bilih tindak makatên punika sae, dening ngraosakên, manawi tilêm wontên ing papan rêsik punika sakeca, malah lajêng tuman, sanadyan tanpa dipun pardi inggih purun tumindak. Tata cara ingakng makatên punika ingkang sampun pinanggih, wontên ing papan ingkang katrajang ing sêsakit pès. Mila dipun tindakakên makatên, awit ing môngsa makatên punika tiyang botên kenging weya sêmbrana dhatêng tindak rêsikan, mila pamarentah ugi ngantos ngawontênakên punggawa juru panitipriksa rêrêsik.

Ing sapunika sampun têtela sangêt, bilih tindak rêsikan punika dados panulaking bêbaya, tuwin dados bêbasan: sadhiya payung sadurunge udan, lan beda kados sacaraning tiyang jêjampi sasampunipun sakit, punika nama sampun limrah, tuwin malih mênggahing rêsikan, tiyang sagêd nindakakên piyambak, botên usah mawi ngêntosi pamardining tiyang sanès. Makatên ugi ngèngêtana, bilih mêngsahing kasarasan punika sawarnining sêsakit, mila wajib jinagi sarana tumindaking patrap rêsikan.

Cariyos Wigatos

Kawontênanipun Sophyèt Ruslan ingkang sajati

Candhakipun Kajawèn ôngka 9

V. Pêthikan saking sêrat kabar A.I.D.

Gugur-gunung tuwin pajêg.

Ing Kajawèn ôngka 9 sampun martosakên, bilih ing sêrat-sêrat kabar Rus anyariyosakên bab paos-paos ingkang sampun pundhat.

Ingkang makatên punika dipun akêni sayêktos dening panganjuring komunis ing sagolonganipun piyambak. Ingkang dados undêraning rêmbag, nalika wontên sawênèhing golongan ingkang anggèsèhi pamaggih, botên sanès namung rancanganipun Trotzky sakancanipun supados para tani anggènipun ambayar paos langkung kathah ngantos yutan tinimbang pambayaranipun paos samangke punika. Jalaran punika panuntuning komunis anêrangakên makatên: ingkang makatên punika botên sagêd katindakakên, pambayaripun paos para tani, punika sampun saklangkung kathah sangêt, manawi paosipun kaindhakakên malih, sagêd anjalari tuwuhing pambrontakan. Buktinipun bilih paosing para tani saklangkung inggil sangêt, nalika dipun wontênakên karamean amèngêti adêging pamrentah komunis jangkêp 10 taun, minôngka kadarman, têtiyang ing dhistrik-dhistrik ingkang panènipun botên kamêdalan, têtirahaning paos ingkang dèrèng kabayar lunas, saha arta dhêndhan jalaran kasèp pambayaranipun, punika sami dipun darmakakên. Ing ngriku têtela sangêt, bilih kalimrahanipun, manawi panènipun botên [bo...]

--- 192 ---

[...tên] kamêdalan, punika botên kenging kangge wêwaton botên ambayar pasoipun, bêgja-bêgjanipun pambayaripun paos dipun undurakên kacoba murih ing taun ngajêngipun malih, manawi panènipun sagêd langkung sae, sagêda ambayar kêkiranganing paos ing taun wingking.

[Grafik]

Lare-lare sami kaluwèn, ing Ruslan.

Tuwan Baars lajêng anglairakên pamanggihipun: tumrap para maos ing Indiya ngriki kados wontên saenipun upami amirênga, bilih pamrentah komunis punika botên ngewah-ewahi babarpisan mênggah kawontênanipun kuwajiban saha padamêlan ing dhusun. Manawi wontên padamêlan ingkang kêdah katindakakên kangge kapêrluning ngakathah wontên ing dhusun, kados ta: amagêri papan pangenan tumrap rajakaya tuwin adamêl krêtêg alit-alit, punika kêdah katindakakên dening para tani tanpa mawi bayaran. Tumrap padamêlan ingkang agêng-agêng, ingkang botên kenging katindakakên dening têtiyang tani piyambak, punika pangusunging barang-barang asring kapasrahakên dhatêng para tani kanthi lêlahanan kemawon, makatên ugi pandhudhuking sela ing parêdèn-parêdèn. Mênggah sabab-sababipun dene padamêlan ingkang tanpa bayaran wau botên saya dados ngrêbda, botên sanès jalaran saking kawontênanipun tanah Ruslan piyambak, tanah Ruslan punika hawanipun rêsik, jawahipun mèh namung wiwitipun badhe môngsa asrêp tuwin wiwitipun badhe môngsa bêntèr, ingkang makatên wau mèh ing pundi-pundi, kajawi ing sisih kidul babarpisan, punika manawi môngsa asrêp tansah jawah salju, dados ing ngrika jawah dêrês kadosdene ing Indiya ngriki botên wontên babarpisan.

Ingkang makatên wau, têtiyang ngrika dados botên prêlu migunakakên margi ingkang sayêktos, margi-margi ing padhusunan ngêmungakên lurung-lurung ingkang dadosipun magi jalaran saking kêrêpipun dipun ambah. Salaminipun botên jawah, margi-margi wau kenging kaambah ing kareta, dene manawi kalêrês ing masa asrêp kenging kaambah ing sle. (Sle punika namaning kareta pleredan).

Sasampuning jawah margi-margi wau botên kenging dipun ambah, kengingipun kêdah ngêntosi kalih utawi tigang dintên sasampunipun garing babarpisan. Ing wiwitanipun badhe masa bêntèr, manawi saljunipun sampun ajèr, tuwin wiwitanipun badhe masa asrêp, manawi jawahipun salêbêting sawatawis môngsa lajêngan kemawon, punika wancinipun margi-margi

--- 193 ---

sami risak, ingkang makatên wau ing basa Rus dipun sêbut raspoetitsa, nyamèni kalihan namaning satunggiling môngsa ing tanah Indiya ngriki. Manawi kalêrês makatên wau, têtiyang tani botên sagêd mêdal saking dhusunipun, malah mèh botên sagêd mêdal saking griyanipun. Kawontênan ingkang makatên punika limrah, ing pundi-pundi padhusunan, sabên taunipun ngantos tigang wulan laminipun, ingkang makatên wau sampun salami-laminipun. Lan têtiyangipun inggih sampun kulina makatên punika. Makatên ugi têtiyang inggih lajêng botên sami sagêd nyabrang kalèn-kalèn ingkang sami bêna, ananging inggih botên punapaa, jalaran margi-marginipun inggih botên kenging dipun ambah.

Salajêngipun salêbêting taun punika, manawi margi-marginipun kenging dipun ambah, mèh wontên ing pundi-pundi têtiyang sami nênumpak anyabrang kalèn-kalèn ingkang cêthèk-cêthèk, namung ing ngrika-ngriki kemawon ingkang wontên krêtêgipun alit ingkang cêlak sangêt kalihan padhusunan. Dene ing papan-papan ingkang rame, wontên ing lèpèn ingkang agêng-agêng sok dipun wontênakên panggethekan. Sadaya-sadaya wau amratelakakên sabab-sababipun, dene padamêlan-padamêlan ing padhusunan ingkang tanpa bayaran wau, botên awrat. Kajawi punika dêdamêlan wau ingkang kathah katindakakên ing masa asrêp, manawi para tani kalêrês sami nganggur. Dene manawi nyambutdamêl tanpa bayaran wau mila prêlu, inggih nuntên kalajêngakên saha kapacak ing pamrentah komunis. Amila ing taun tanah-tanah ingkang wontên irigasinipun, amargi ugi ing nagari Rus sampun wontên irigasi wau, kawontênanipun anyambutdamêl tanpa bayaran wau langkung-langkung awratipun. Mênggah prakawis kawontênanipun kuwajiban saha padamêlan dhusun, ingkang sayêktosipun wigatos sangêt tumrap ing Indiya, punika botên wontên prêlunipun upami anelada dhatêng kawontênanipun ing tanah Ruslan.

Kajawi pajêg tanpa lêlantaran (direkte) ing ngrika ugi dipun wontêni pajêg ingkang mawa lêlantaran (indirekte belasting) ingkang saklangkung inggil sangêt, ingkang dipun kengingakên paos pabean, inggih punika: wodkah (sabangsaning inuman kêras) sata, gêndhis, lisah, êrèk, sarêm lan taksih kathah malih tunggilipun. (Wodkah punika samangke kalêbêt kapêrluan padintênan malih, kados sadèrèngipun wontên gegeran) malah samangke griya pagantosan ugi dipun wontênakên, ingkang kalêbêtakên dados kapêrluaning gêmintê. Mênggah sabab-sababipun, dene pamêdaling pagantosan wau manawi katimbang kalihan ing Indiya saklangkung sakêdhik sangêt, punika botên sanès jalaran têtiyangipun ngrika prasasat botên gadhah barang punapa-punapa ingkang kenging dipun gantosakên. Ananging sajatosipun kasing nagari Sophyèt punika botên pisan-pisan anggadhahi rikuh amêndhêt kauntungan dhatêng para têtiyang ingkang sami miskin. Ing taun 1927 punika, angsal-angsalaning pajêg ingkang mawa lêlantaran, kirang langkung wontên 1270 yuta rubêl. (Badhe kasambêtan)

--- 194 ---

Rêmbagipun Sêmar, Garèng lan Petruk, ing Wukir Lawu

Bab gara-gara, warnasari

Candhakipun Kajawèn ôngka 9

Sêmar : Prèk, dhiyêm. Aku ora gunêman kambi kowe, aku caturan karo Si Garèng. Garèng iku bocah bagus, pancèn kêna dimêmule têmênan, amarga bakal bisa ngayomi wong tuwa. Balik kowe mung ngrusuhi barange wong tuwa, kowe bocah gêmblung. Aku ora sudi karo kowe, aku trêsna marang Si Garèng.

[Grafik]

Garèng : Iku kliru, Ma. Sing ditrêsnani têka mung sing bisa nyajèni dhahar bae. Manut sêtatsêblad: iku kudu ditrêsnani kabèh, ora nganggo dibeda-beda. Sanajan mlarata, sugiha, êmbuh ala, êmbuh bagus, kudu dipandhang samah. Mulane rèhne sliramu arêp ambedak-bedakake anak, iya suthik aku kanggonan sliramu. Sabab: besuk manawa ana kalanèku kêkurangan pangan, sampehane masthi iya banjur alihan ênggon, tur sandine muni: aku wis suwe momong kowe, mulane aku dak alihan mênyang ênggone Si Petruk, mundhak diarani pilih sih.

Sêmar : Hut druhum, anak lanang loro bae, kabèh-kabèh ora trêsna marang bapa, ngilang-ilangake ênggone diitik-itik wiwit cindhil, barêng padha gêdhe bapakne jêmpo, ora bisa golèk pangan, anake malah padha ngece. I, baya luwung ngêndhat nguntal pil urus-urus bae, kaya ngene iki.

Petruk : Sabar dhisik, Ma. Ngêndhat iku gampang, nanging sadurunge ngêndhat, prayoga ngrêti dhisik, marang têgêse gunême Kang Garèng mau. Mangkene: mulane Kang Garèng êmoh kanggonan sliramu, amarga lagi ngêcakake ngèlmune, yaiku: ngèlmu ekonomi, karo manèh nglungguhi jaman bêsinêging. Mulane olèhe nguluri pangan mênyang wong tuwa, iya katut disêtop.

Sêmar : He, kathik ngèlmune dakik-dakik mangkono. Aku durung tau kêpranggul ngèlmu sing aran ekonomi karo bêsènêh kuwi. Yèn ngèlmu rasa, aku iya sugih.

Garèng : Gandrik, putrane Rama. Yèn ngèlmu rasa, aku iya klêbu jajah, awit aku tau tate ngiras sate karo bakmi ing krêtêg gantung. Wah, pancèn nomêr sathu.

Sêmar : Êlo, dudu iku, iku rak rasaning panganan, balik aku kôndha rasaning ngèlmu. Artine: yèn dirasa-rasa, iya banjur kêtêmu. Iku ngèlmune para sêpuh jaman kuna.

Petruk : I, la dalah, kêcandhak saiki. Nisih, kêtunjang kaum kudhah. Kyaine, ayo cangkriman ngèlmu rasa, aku tanggung mênang kambi sliramu. Jalaran aku wis tutug sinau mênyang: inipèrsitèhe Kyaine Bêdor.

--- 195 ---

Coba, aku, dak cangkriman ngèlmu rasa, mêngko badhènên. Yèn sliramu bisa amabatang: aja takon dosa, warisanmu dak kukut kabèh. Pasang... kuping. Tutup... mulut. Ana sipat sawiji, jêjêre têlu, têgêse: sipat mau ora bakal ana, yèn tanpa jêjêr têlu iku. Dene isine sipat sawiji mau, lamun diwalik waliyolah, banjur malih dadi gêdhe lan banjur kuwasa ngêrèh marang manungsa. Mara badhènên, apa iku.

Garèng : Aku ora yaok, ngrêmbug prakara iku jaragan aku dudu bôngsa mutihan.

Sêmar : Biyung, biyung, biyung. Iki ngèlmu luhur bangêt, kowe pancèna durung ngumur ngrêmbug prakara siji kiye, besuk bae yèn kowe wis tuwa, dak kandhani maknane, nanging nganggo sajèn pitik putih mulus. Wis saiki golèka liyane bae.

Petruk : Satêmêne sliramu rak ora ngrêti: ta, Ma. Kathik kakehan gunêm, nganggo disêmayani barang. Nganti kaya ditagih olèhe mindring. AndadèknaAndèkna. ngakune tuwa, kyai, guru kasampurnan. Iki ana ngèlmu mangkene bae: ora bisa jawab. Mara, barèsa bae, Rama. Yèn sliramu ora karsa barès, masthi dak prosès pêrbal. Awit sliramu kyai goroh, gawemu mung ngapusi bae.

Sêmar : Iya Petruk. Sabênêre bae aku rada kêlalèn, ing ngatase prakara iki. Mara: aku elingna.

Petruk : Wadhuh, wadhuh, isih duwe anggêp samono. Apa sliramu wis tau krungu têmênan ta: Ma. Mara rungokna, dak jarwanane: sipat sawiji, maknane: candu saimpling. Jêjêre têlu: têgêse: rêgane têlung kêlip, kurang sabribil bae masthi ora olèh. Yèn diênyang, masthi dikrocok karo kyai pênjual. Diwalik waliyolah, artine: diwalik bola-bali, utawa dicukit, banjur malih dadi gêdhe, sabab dicampuri bakal. Kuwasa ngêrèh manungsa, têgêse: sing arêp nyêrèt dikon salonjor, kambi dikon nyêkêl bêdudan. Saiki wis têrang.

Garèng : Wah nganti kaya kolèktur, bisa gawe sayêmbara bab candu.

Sêmar : He, tobil tobil putrane si kadhal. Aku kapusan, dak kira ngèlmu rasane wong kuna-kuna, kalingane ngèlmune wong nyêrèt. I, Petruk, Nala Garèng, ayo padha seba, bêndaramu wis miyos.

Garèng : Iya, Ma. Aku dak sowan.

Petruk : Ayo, aku idhêm.

Pun, R.S. Kartawardaya

Mênggahing jaman kamajuan, punapa-punapa têka dipun lilani kemawon, ing ngatasing anak têka ngolok-olok purun mulang dhatêng tiyang sêpuh, ing môngka miturut wèting kamanungsan, tiyang sêpuh ingkang winajibakên mulang dhatêng anak, sanadyan awona kados punapa, tiyang sêpuh punika, anak botên wajib mituturi utawi nyanthulani. Makatên ugi, mênggahing tiyang sêpuh, awona kados punapa, sêdyanipun inggih damêl sae dhatêng anak-anakipun, sabab tiyang sêpuh punika tamtu trêsnanipun dhatêng anak, môngga punapa wontên piwulang: tiyang sêpuh supados trêsna dhatêng anak, ananging anak tansah dipun wulang supados trêsna dhatêng tiyang sêpuhipun.

Karangan punika niyat botên kula ewahi, nanging ing sasagêd-sagêd, damêl karangan sampun kêkathahên kêsêlan basa sanès, mindhak ngicalakên raosing Kajawènipun.

Red.

--- 196 ---

Waosan Lare

Dongèng Dèwi Mênurseta

X. Dèwi Mênurseta digawa ing ratu

[Maskumambang]

uwong lima saya karasa ing ati / wêruh Mênurseta / gilang-gilang ana pêthi / rupane saya katara //

ing saiki samitasasmita. tandhaning mati / titike wis ana / gagak angalup anèng wit / goak-goak tanpa kêndhat //

sailanging awan kêsundhul ing bêngi / lintang pating glêbyar / kaya mandêng anungkuli / ing layon sing gilang-gilang //

barêng esuk prêntuling êbun ngêbêsi / marêntul ing kaca / kaya barleyan ngurugi / mênyang Dèwi Mênurseta //

kêsunthulkêsundhul. ing srêngenge êbune nisih / byar padhang warata / wong lêlima padha nangis / kelingan sing ora ana //

wong lêlima nganti padha ora eling / gone golèk nipkah / pijêr padha mrêbês mili / nyawang layon sing nèng kaca //

ing cêkake wong lima wis padha lali / mênyang pagawean / mung kêtungkul nyawang mayit / saka bangêt kasok trêsna //

barêng awan kumrasak swaraning angin / nêmpuh gêgodhongan / mênyang awak krasa isis / pating thrêkluk wong lêlima //

lah ing kono katon ana wong marani / sajake bandara / karo anakoni lirih / têmbunge ketok sumanak //

hèh kisanak kabèh wong lêlima iki / aku kandhanana / apa ta sing kokarêpi / lan manèh iku wong apa //

dene katon turu ana jêron pêthi / ketoke kapenak / gone turu tanpa nglisik / ayune kêjamak-jamak //

ana siji sing mangsuli karo nangis / yêktosipun dara / inggih anak kula èstri / ngajal kang tanpa jalaran //

milanipun mawi kula dèkèk pêthi / saking ngraos eman / yèn dipun pêndhêm ing siti / awit taksih gilar-gilar //

kang pitakon sêmune kagèt ing ati / têmbunge prasaja / satêmêne aku iki / ratu gêdhe sing kuwasa //

lan kang duwe laladane lêmah iki / wis-wis ta kisanak / mayite anakmu kuwi / tak pundhut bae prayoga //

mung tinimbang ana kene dadi ati / ature wong lima / amung duka dalêm gusti / kula mopo nyaosêna //

sanalika sang prabu angarih-arih / aja kliru tômpa / sêdyaku mung arêp bêcik / tinimbang ana sawangan //

lan manawa bocah iku isih urip / dadi ora aran / niksa wong urinurip. kon mati / mulane kudu dipriksa //

wise ngono wong lima padha mêmikir / barêng wis mupakat / nuli padha matur lirih / inggih kula mung sumôngga //

bingah bangêt sang nata banjur nampèni / lan dhawuh anggawa / nyang abdi kang ngati-ati / aja pisah anèng dalan //

--- 197 ---

Kabar warni-warni

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès

Wontên wartos, bilih lampahing sêpur saking Muara Ènim dhatêng Lahat, wontên ing margi mlindhês sima agêng, bokmanawi sima wau sawêg tilêm. Nalika dipun priksa, kewan wau taksih gêsang, lajêng dipun gêbagi saha kabêkta dhatêng sêtatsiun ingkang cêlak piyambak. Kajawi punika, ing margi dhatêng Bêngkulên ugi mêntas wontên sima anggondhol tiyang andadosiandandosi. kawat tilpun.

Katêtêpakên dados patih ing Pamêkasan, Madura, Radèn Rustam Côndrakusuma. Tuwin dados wadana ing salêbêtipun paresidhenan Madura, Radèn Panji Suryamataram, kalih pisan sampun sami amakili padamêlan wau.

Ing Ranto, Borneo pasisir kidul wetan, wontên toko tiga sami kabêsmi ngantos têlas-têlasan. Kapitunanipun f 625.000.-, ingkang malêbêt tanggêlan namung f 1550.-.

Wontên pawartos, bilih rêsidhèn ing Pasuruan tuwin Banyumas, benjing wulan Juni ngajêng sami badhe pêrlop.

Benjing rawuhipun Sri Nata Siyêm ing Surabaya, badhe lêrêm wontên ing Oranyê Hotèl, tuwin kawartosakên, anggènipun wontên ing Surabaya ngantos dangu.

Ing tanggal 5 wulan punika, propagandhis P.N.I. Ir. Sukarna badhe damêl propagandhah wontên ing Surabaya, prêlu badhe damêl apdhèling.

Wontên pawartos partikêlir saking ingkang bupati ing Bandhung, bilih kaparêng badhe dhatêng Jaruzalem kalihan tiyang sawatawis, ugi kalêbêt up rêdhaktur N.R.Crt. ingkang dados pramugarining lampah Prof. Dr. Boehl. Urutipun ingkang dipun dhatêngi: Suez, Jeruzalem, Damascus, Beiroet, Smyrna, Constantinopel, Athene, Napels tuwin Rome.

Asistèn wadana Ciparai nglapurakên, bilih ing bawahipun wontên tiyang nyanjata pêksi, mimisipun angèngingi tiyang nama Nyi Icih, nanging botên andadosakên tiwas.

Tuwan J.Ch. de Berg rêsidhèn ing Batawi, benjing tanggal kaping 3 Juni ngajêng badhe pêrlop dhatêng Eropah, laminipun 8 wulan.

Ing bab para bupati ingkang nyuwun sêtudhi pêrlop dhatêng Eropah ing taun 1928 punika wontên tiga ing tanah Jawi, tuwin kalih saking sabrang. Ingkang kalih dèrèng têrang dhawah sintên, nanging ingkang satunggal ingkang gadhah pangajêng-ajêng, ingkang bupati ing Mèstêr Kornèlis, dene tumrap tanah sabrang, kapala têtiyang ing Mênadho.

Sambêt kalihan wontênipun rêmbag ing polêksêrad, karampunganing pamarentah, dhepartêmèn ondêrwis badhe nyatakakên, mênggah prêluning balônja guru-guru dhusun ingkang kawitan dipun indhaki.

Benjing tanggal 7 wulan punika, ondêrwès rad badhe ngrêmbag programah ing bab iksamên up aktê, tuwin wontên bab sanèsipun, ingkang sambêt kalihan pursêtèl kangge rancangan waragad taun 1929 ing bab Hoogere kweekscholen.

Têtiyang ingkang kadakwa ambalangi sêpur wontên ing antawising haltê Cikadhondhong kalihan Rèndhèh, sampun kenging dipun cêpêngi, inggih punika: Èndhun, Ènkar, Bakri sarta Asdi, sadaya lajêng sami katahan wontên ing kacamatan Cipêndhe.

Benjing tumapakipun taun pangajaran 1928-1929 pamarentah badhe mêwahi adêgipun pamulangan H.I.S. wontên ing Sêmarang.

Griya pamulangan Arjuna ing Sleman, mêntas kangge pakêmpalan golongan warni-warni, prêlu ngrêmbag badhe damêl karamean ambêbingah para murid ing liburan wulan Siyam.

Mr. Cohen Stuart adpisur dhesêntralisasi mêntas wangsul saking Palembang, mirid saking kawontênaning papriksan, ingkang sambêt kalihan kaprêluwaning pamarentah ingkang badhe dipun wontênakên ing ngrika, têtela bilih ing wêgdal punika kirang prayogi. Tuwan adpisur wau badhe ngawontênakên pursêtèl ingkang wigatos.

Lèpèn Cikapundhung (Bandhung) mêntas bêna agêng, griya-griya ing pakampungan kathah ingkang rêbah, tuwin sabin sami kêrêndhêm toya. Panggenan anjait buku tuwin kamar mêsin Mij. Vorkink punapadene drikêre Visser sami kêlêbêtan toya. Margi-margi ugi sami kêlêban.

Pursitêr gêwèstêlêkê rad Banyumas, adamêl pamborongan bab badhe pandamêl pasang watêrlèdhêng ing Banyumas, Sukaraja, Purwakêrta tuwin Purbalingga.

Tiyang komunis nama Atma ing Simpang, Padhalarang, nalika kapriksa ing ngarsa landrad prakawis gêgayutanipun kalihan gegeran ing wulan Nopèmbêr kêpêngkêr, lajêng dados sakit ewah, wusana tiyang wau lajêng kakintunakên dhatêng Bogor.

Wontên pawartos, bilih ing jajahan Inggris, badhe wontên layaran gêgana saking Penang, Port Swètênham, tuwin Singgapura, manawi pamarentah Walandi ambiyantu, palayaran wau badhe dipun lajêngakên dumugi jajahan Walandi, kados ta: Bêlawan Dhèli, Munton dhatêng Batawi.

--- 198 ---

Dhawah ing dintên wiyosan dalêm Gusti Kangjêng Ratu Timur, garwa dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, ing sositit Mangkunagaran tuwin sositit militèr, sami dipun wontênakên karamean.

Pandadaran sêsêratan kangge calon murid normal sêkul ing Purwakêrta, wontên ing tanggal 14 tuwin 15 Pèbruari, dene kangge normal sêkul èstri ing Ngayogya, wontên tanggal 17-18 Pèbruari.

Kawisudha dados wadana dhidtrik bawah paresidhenan Sêmarang, Tuwan Sukarman, rumiyin asistèn wadana ing Cluwak, Tayu, Pathi.

Ing tanggal 6 Pèbruari utawi 14 Ruwah, kalêrês têtêsipun Gusti Radèn Ayu Sêkar Kadhaton Kustiyah, ing karaton Surakarta badhe dipun wontênakên pasamuwan agêng-agêngan. Para tamu saking Nyagogya wontên ingkang lêrêm ing kadhaton tuwin ing Hotèl Dhone. Sriwadari dipun wontêni pasamuwan kigangtigang. dintên tigang dalu, para murid èstri salêbêting kitha Surakarta sami kakengingakên malêbêt ing Siwadari lêlahanan.

Awit saking pitakènipun Tuwan Rup dhatêng pamarentah, ing bab mradinakên andharanipun Tuwan Ir. Baars, dhawuh wangsulanipun pamarentah makatên:

Sayêktosipun pamarentah kagungan pamanggih, bilih sumêbaring andharanipun Ir. Baars badhe adamêl kiyating panduwanipun têtiyang pribumi dhatêng propagandhah komunistis.

Sabmêt kalihan bab punika, pamarentah sampun maringakên prêtalan andharan-andharan wau saking basa Malayu, Jawi tuwin Sundha, dhatêng pangagênging nagari, anyêkapi kathahipun, supados dipun sêbar-sêbarakên dhatêng para amtênar têtiyang siti tuwin têtiyang sanès-sanèsipun. Tuwin sarèhning pèrês têtiyang siti piyambak ugi sampun mradinakên bab wau, kados sampun cêkap samantên.

Sajawining Indhia

[Grafik]

Awit saking pamisudhanipun presidhèn praja Amerikah, ing salowongipun suwargi Jendral Wood ingkang kaangkat jumênêng gupêrnur jendral ing Manila, Paduka Tuwan Henry L. Stimson ing New York, gambaripun kados ing nginggil punika.

[Grafik]

Pamarentah Amerikah ngawontênakên pranatan, sintên ingkang sagêd mêjahi sagawon ajag, sabên satunggal angsal ganjaran arta, ing nginggil punika gambaripun tiyang ingkang sampun sagêd mêjahi sagawon ajag ngantos sarèntèng, tamtu kemawon kathah ganjaranipun.

--- 199 ---

Wêwaosan

Sêsupe agêmipun Rajaputri ing Seba

12. Propesor Higgs ambêbêdhag

Ananging kala punika Sêrsan Quick sawêg ibut adamêl latu, lan angêngêt sop wontên salêbêting kuwali, ingkang kabêkta kalihan têtêdhan sanès-sanèsipun malih, saking sangu kula sadaya, prêlunipun kangge nyadhiyani, manawi kula sadaya sagêd pinanggih. Kala punika panêdha kula sakônca, wah, eca sangêt, sarampunging nêdha, Sêrsan Quick mêndhêt kêmul sawatawis, saking sanginggilipun unta, ingkang lajêng kakêmulakên kula sadaya.

Wicantênipun Sêrsan Quick: sumôngga bandara sadaya, panjênêngan sadaya samangke kula aturi sare, Pharaoh kalihan kula ingkang badhe anjagi.

Sadèrèngipun kula lês tilêm, kula taksih kèngêtan, bilih kula sumêrêp Sêrsan Quick jèngkèng wontên ing pasir, sajakipun andêdonga. Amargi sanadyan Sêrsan Quick punika pitados sangêt dhatêng takdir, ananging sajatosipun pancèn santri sangêt. Ingkang makatên wau piyambakipun botên isan-isin.

Sarêng kula sadaya sampun tangi malih, srêngengenipun sampun inggil, dene tôndha yêktinipun, bilih kula sadaya botên supêna, kula sadaya sami sumêrêp Quick ambakar daging wontên sanginggiling latu. Dene Pharaoh nyawang kanthi sayêktosan, ananging ingkang kasawang wau punapa inggih Sêrsan Quick punapa inggih daging ingkang dipun bakar wau.

Kapitan Orme nudingi dhatêng rêdi-rêdi sarta wicantên makatên: mula ya gêndhêng bangêt, tumrape aku kabèh, dene anduwèni pangira, yèn bisa têkan ing gunung-gunung kae, môngka dohe isih pirang-pirang pal manèh.

Kula amanthuk, saha ningali Higgs ingkang kala punika sawêg tangi, tuwin kenging sinawang sayêktos. Rambutipun abrit kêbak pasir, panganggenipun ingkang ngandhap ical, kintên-kintên pangangge wau angribêdi lampahipun, saha lajêng kabucal, ingkaingkang. kula sadaya botên sumêrêp, jalaran saking bêntèring srêngenge, badanipun kêbak balur-balur. Piyambakipun warninipun pancèn malih dados awon sangêt, ngantos satrunipun bêbuyutan badhe botên sumêrêp malih. Piyambakipun lajêng angob, ngulèt saha nêdha adus.

Quick saluwir saha wicantên makatên: kula kuwatos manawi panjênêngan kêdah siram mawi pasir kados tiyang Arab punika. Ing papan ingkang garing makatên botên wontên toyanipun ingkang kenging kangge adus. Salajêngipun Sêrsan Quick mêndhêt pirantos warni-warni saha anyambêti wicantên makatên: ananging kula ambêkta blèg wadhah pasêlin, sikat rikma saha pangilon kagêm panjênêngan.

Higgs nampèni barang-barang wau saha wicantên makatên: bangêt panarimaku: sêrsan. Pancèn iya aran dosa, dene eling mênyang banyu kanggo umbah-umbah, aku ora bakal manèh-manèh ambuwang banyu kaya mangkono. Sasampunipun piyambakipun lajêng ngilo, sanalika pangilonipun kadhawahakên, saha ambêngok makatên: adhuh, adhuh, apa iya iki aku têmênan.

Sêrsan Quick amangsuli kanthi sabar: bêndara, bok inggih ingkang ngatos-atos, kala rumiyin panjênêngan sampun nate ngandika dhatêng kula, bilih amêcahakên pangilon punika amalati, kajawi punika kula botên ambêkta sanèsipun malih.

Propesor Higgs wicantên: wis gawanên lunga bae, aku ora butuh manèh marang pangilon. Mara dhoktêr aku enggal salêpên.

Ing salajêngipun kula sadaya salêp-salêpan gêgêntosan, ingkang makatên wau sakawitipun inggih sakit sangêt, sasampunipun kula sadaya lajêng mapan linggih kanthi ngatos-atos, prêlu badhe sarapan.

Kala Kapitan Orme ngombe wedangipun jangkêp gangsal cangkir, piyambakipun lajêng wicantên makatên: Quick, mara dongèngna mungguh sing dadi mula bukane.

Sêrsan Quick lajêng wiwit andongèng: saèstunipun botên kathah ingkang kacariyosakên: bandara kapitan. Mantukipun têtiyang Zeu botên kalihan panjênêngan sadaya, ananging sarèhning kula botên mangrêtos basanipun, kula inggih botên mangrêtos punapa ingkang dipun omongakên. Kula lajêng suka sumêrêp dhatêng Shadrach sakancanipun, sanadyan anginipun pêjah utawi botên pêjah, makatên panyêbutipun têtiyang wau, ananging têtiyang wau kêdah tumut dhatêng kula ngupadosi panjênêngan. Sanadyan têtiyang wau amastani, bilih kula edan, lan panjênêngan sampun seda dangu, lami-lami inggih mêksa lajêng pangkat.

Inggih nyata, bilih omongipun wau lêrês, lan kula sadaya botên sagêd manggih panjênêngan. Lêt sawatawis dangu unta-untanipun botên purun anglajêngakên lampah. Wontên ing margi satunggaling bôngsa Abati ical botên kantênan, saha salajêngipun kula botên sumêrêp lan mirêng malih kawontênanipun tiyang wau. Ingkang makatên [ma...]

--- 200 ---

[...katên] wau botên wontên malih kajawi wangsul dhatêng padhusunan. Malah Shadrach lajêng botên purun tumut kalanipun prahara sampun kèndêl, mila pun babi punika botên kenging dipun ajak rêmbagan, dados kula lajêng ambêkta unta kalih pangkat piyambak kalihan Pharaoh.

Gagasan kula, manawi panjênêngan taksih sugêng, sampun tamtu mundhut nêring gumuk-gumuk punika, amargi kula sumêrêp, bilih panjênêngan botên ambêkta pandom, lan panjênêngan botên priksa punapa-punapa sanès-sanèsipun. Sadintên muput lampah kula wontên ing pasitèn waradin, antawising sagantên wêdhi lan rêdi-rêdi, salaminipun lampah kula mêndhêt sipat sasisihing gumuk-gumuk pasir punika. Sadintên muput lampah kula têrus kemawon, yèn dalu kula kêdah ngaso, amargi botên sumêrêp punapa-punapa. Sasampunipun linggih kintên-kintên kalih jam wontên ing ngrika, kula ujug-ujug sumêrêp Pharaoh kupingipun anjêpiping, saha tansah ningali mangilèn. Sanalika punika kula inggih ningali mangilèn, sarta rumaos sumêrêp sorot pêthak, ingkang sajak minggah, ingkang makatên punika botên sagêd saupamia lintang alihan, ananging sajakipun sabab saking sanjata. Kula amirêngakên, botên wontên suwara punapa-punapa ingkang lumêbêt ing kuping kula. Ananging sarêng lêt sawatawis sêkon malih Pharaoh anjêpipingakên kupingipun malih, sajakipun mirêng suwara punapa-punapa.

Jalaran saking punika, kênthêling manah kula amurugi papan ingkang kula sumêrênsumêrêp. wontên sorotipun pêthak wau. Kalih jam kula lumampah têrus kemawon, sakêdhap-sakêdhap ngungêlakên pistul kula, dangu-dangu ical pangajêng-ajêng kula, jalaran kula botên angsal wangsulan. Ananging Pharaoh botên ngêndhoni niyatipun, ing ngriku Pharaoh ngambus-ambus, thakar-thakar saha lajêng ical wontên ing pêtêngan, dangu-dangu kula mirêng panjugugipun Pharaoh anggantêr, kintên-kintên têbihipun saking ngriku wontên satus mètêr, pikajêngipun bokmanawi badhe ngundang kula. Kula lajêng murugi saha manggih panjênêngan, ing sakawit kula wastani manawi panjênêngan seda. Inggih namung punika kawontênanipun, bandara kapitan.

Kapitan Orme wicantên: têka bêgja têmên, dene lêlakon iki wêkasane tinêmu slamêt. Aku kabèh nglairake bangêt panrima mênyang kowe, amarga anggonku kabèh isih urip iku jalarane saka kowe.

Quick mangsuli kanthi andhap asor: sampun dados panggalih, bandara kapitan, ingkang makatên punika botên jalaran saking kula, ananging saking karsaning Pangeran, ingkang sampun amranata sadaya punika, sadèrèngipun kula sadaya dipun lairakên. Sasampunipun panjênêngan kêdah paring panarimah dhatêng sagawon punika.

Enjingipun malih, kula sadaya sawêg sumêrêp dhatêng pakampunganipun. Ananging lampah kula sadaya wau majêngipun rindhik sangêt, jalaran kula sadaya namung ambêkta unta kalih, dados tiyang ingkang kalih kêpêksa lajêng lumampah. Dene ingkang lumampah wau sampun mêsthi Sêrsan Quick sarta bandaranipun, sabab manawi prakawis makatên punika, salaminipun Kapitan Orme botên nate mikir dhatêng badanipun piyambak. Sanadyan namung satêngah jam, piyambakipun botên purun numpak unta. Ewadene sanadyan Orme wau botên pisan-pisan numpak, nanging kula mêksa mudhun saking unta, wusananipun untanipun malah namung dipun culakên kemawon.

Panumpakipun Higgs kalihan kula wontên ing lapak sami thêklak-thêkluk ngantuk. Kala punika Sêrsan Quick ujug-ujug angabani untanipun kapurih kèndêl, Sêrsan Quick lajêng nudingi blêdug ngampak-ampak, ingkang lampahipun ngênêr dhatêng panggenan kula sadaya, saha wicantên makatên: punika èmpêripun kados bôngsa Arab: bandara dhoktêr.

Kula amangsli: nèk mula mangkono, luwih bêcik ditêrusake bae lakune, aja ngatonake yèn kene wêdi, kiraku ora bakal yèn wong-wong mau arêp ganggu gawe mênyang aku kabèh.

Kula sadaya lajêng nyadhiyakakên dêdamêl ingkang dipun bêkta, Orme lan Sêrsan Quick wontên ing antawis kula kêkalih. Sarêng kula sampun pêthukan grombolan wau, kula sadaya sumêrêp, bilih ingkang mangagêngi numpak unta, punika botên sanès inggih Shadrach, dene unta ingkang dipun tumpaki wau paringan saking ratunipun Shadrach. Kula sadaya lajêng sami kèndêl sawang-sawangan.

Shadrach pitakèn: astaghpirullah. Punapa inggih panjênêngan saèstu, bandara-bandara. Kula kintên panjênêngan sadaya sampun seda.

Kula wicantên kanthi mangkêl: iya, iya-iya, aku iya ngrêti. Kowe sajake arêp minggat anggawani barang-barangku kabèh. Sarta kula lajêng nuding unta-unta ingkang ngêmot barang-barang kula sadaya wau.

Salajêngipun Shadrach suka katrangan warni-warni, saha nêdha ngapura rambah-rambah. Ingkang makatên wau dipun mirêngi Propesor Higgs kanthi mangkêl. Ing sarèhning piyambakipun punika sagêd wicantên basa Arab saèstu mawi pasèh, piyambakipun lajêng amisuhi kathah-kathah dhatêng Shadrach sakancanipun, ingkang adamêl gumuning têtiyang wau. Makatên ugi pun Quick inggih misuh-misuh ngangge basa Inggris. Kapitan Orme mirêngakên sakêdhap, lajêng wicantên makatên: wis ta, kaya-kaya iki wis cukup Higgs, nèk kobacut-bacutake mêngko mundhak dadi padu. Mêngkono uga kowe sêrsan, mênênga cangkêmu, rak ya wis bêgja bangêt bisa kêtêmu, dadi ora ana sing andadèkake susah. Shadrach ambalika bae lan tumulia milu aku kabèh bali mênyang pakampungan, aku sumêdya ngaso ana kana ing sawatara dina. (Badhe kasambêtan)

Ôngka 11, 16 Ruwah Taun Jimakir 1858, 8 Pèbruari 1928, Taun III

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Cikini (Wèltêprèdhên) Têtingalan saking Jumantara

[Grafik]

Nginggil punika gambaripun saperanganing kitha Wèltêprèdhên, inggih punika: Cikini. Ing ngriki kados botên prêlu kacariyosakên panjang-panjang, para maos têmtunipun sagêd mawas piyambak adining sêsawangan ing ngriku punika.

--- 202 ---

Raos Jawi

Kajênging Piwulang

Ingkang nama piwulang punika tamtu sae, botên wontên piwulang ingkang kajêngipun awon. Mèh sabên tiyang sagêd damêl piwulang, tuwin mèh sabên tiyang botên wontên ingkang ajêng dhatêng piwulang. Wontênipun makatên wau, bokmanawi kêbêkta saking watêking tiyang punika namung sêdya unggul, lumuh yèn kungkulan ing sasami.

Manawi dipun piridakên dhatêng kados makatên wau, tamtu botên wontên piwulang sae ingkang migunani. Nanging manawi dipun manah panjang, sayêktosipun piwulang punika botên kok lajêng dipun tujokakên ing tiyang, kajêngipun namung minôngka pèngêtan wujuding piwulang sae, ingkang ginambarakên wontên ing tulis, tuwin nyatanipun piwulang wau sae yêktos. Dados mênggahing sanès botên prêlu lajêng maoni. Awit ingkang dipun raosakên punika suraosipun, sanès tiyangipun ingkang ngarang.

Tiyang sok kalèntu malih, ngalêm dhatêng piwulang dupèh ingkang dipun condhongi, dados ingkang dipun lêm tiyangipun. Ingkang makatên wau mênggahing pikantukipun tamtu pinanggih kirang plêg.

Sayêktosipun raos-pangraosing tiyang punika adhakan korup dhatêng raos ingkang kêlintu. Tuwin malih sok lajêng kaprah, kados ta: cariyos padhalangan, punika limrahipun sabên tiyang inggih botên rêmên dhatêng Korawa. Saya malih dhatêng kawontênanipun Pandhita Durna, inggih sami botên rêmên. Môngka mênggahing yêktosipun Pandhita Durna punika tiyang linangkung, botên kasamaran dhatêng silak-siluk wadosing jagad. Dene wontênipun tiyang gêthing dhatêng Pandhita Durna, dupèh ing padhalanganipun tumut Ngastina, malah lajêng kangge gulang-gulang. Tiyang botên ngèngêti manawi Pandhita Durna ugi kathah wêwulangipun dhatêng para Pandhawa, tuwin para Pandhawa inggih anganggêp guru yêktos. Kawontênan ingkang makatên wau punapa botên cêtha bilih pangraosipun korup, kêbêkta saking botên rêmênipun dhatêng Kurawa.

Sapunika nyariyosakên lêlampahaning pawayangan, ing lampahan Palgunadi. Pandhita Durna ngêthok darijinipun Prabu Palgunadi, awit saking panêdhanipun Arjuna. Coba sapunika dipun manah cêthèk-cêthèkanipun kemawon, patrapipun Pandhita Durna makatên wau punapa adil. Nanging rèhning tindakipun makatên wau lantaran saking Arjuna, têtiyang inggih sênêng kemawon. Samantên mênggah koruping pangraosipun tiyang.

Sapunika mangsuli bab mulang, sayêktosipun manawi dipun manah lêbêt, wulang punika tuwuh saking badanipun piyambak, awon sae dumados saking badanipun piyambak. Dados saupami wontên tiyang ngêtingalakên, bilih ingkang dipun tulad punika lampahipun anu, punika pancèn [pancè...]

--- 203 ---

[...n] sae tumrap ingkang dipun tulad, nanging ingkang nulad punapa tamtu sagêd ngêplêki, punika dèrèng tamtu, dados pikantukipun namung ngêndêlakên dhatêng kalangkunganipun ingkang dipun tulad.

Yèn cariyosan jaman kuwalèn, Kangjêng Sunan Kalijaga, punika anggêlarakên lêlabêtan awon sae, nalika awon ngantos ratuning awon, nanging sarêng nglampahi sae, ngantos botên wontên pêpindhanipun. Tiyang manawi nuju ngambah ing lêlampahan awon, adhakan lajêng cariyos: gene Kangjêng Sunan Kali iku iya nglakoni ngono. Nanging tiyang botên purun anglajêngakên kadospundi lajênging kadadosaning lêlampahan wau.

[Grafik]

Pandhita Durna nalika ngêthok darijinipun Palgunadi, ingkang kanggenan sêsupe ampal.

Dados manawi makatên wosing kajêngipun piwulang punika namung mujudakên ungêl sae, lan ungêl wau kathah sangêt, tiyang lajêng sagêd nimbang dhatêng suraosipun, tuwuhipun tamtu kemawon saking ingkang nglampahi piyambak. Dene kawontênaning piwulang warni-warni, punika kala-kala wontên ingkang ngèngingi dhatêng raosipun piyambak, tuwin botên mawi mawang dhatêng ingkang nganggit piwulang. Mila ingkang sayogi, têtiyang anggêmènana dhatêng piwulang sae, botên kok supados nelad dhatêng suraosing piwulangipun, namung kenging kangge pasêksèn manawi kapranggul ing lêlampahan ingkang dipun awaki.

--- 204 ---

Bab Kasarasan

Lalêr kang bisa tata jalma

Panganggêpe manungsa marang aku ora nyênêngake, marga dirasa anggigoni. Liya saka mangkono ora sumurup, yèn satêmêne aku iki bisa gawe jalaraning pati pirang-pirang èwu jiwa. Aja dikira dupèh wujudku cilik mênthik, ora kadunungan gêgaman kang mitayani, nanging kasêktènku ngungkuli macan gembong utawa ula kang gêdhe, uga bisa gawe tiwase manusa pirang-pirang. Aku ora umuk, ning yêktine pancèn mangkono.

Tangkar-tumangkarku sarana ngêndhog, kang sawatara dina banjur nêtês dadi singgat, wusanane lagi bisa malih sipat kaya wujudku kang sajati, yaiku wujud lalêr. Barêng wis umur rong minggu lawase, wis aran diwasa bisa ngêndhog. Aku rêdèn bangêt, yèn ngêndhog ora kurang saka satus rongpuluh iji, lan iku mau sajrone rong minggu wis dadi lalêr diwasa, mangkono satêruse tangkar-tumangkarku, mula enggal akèh bêbranahan. Dadi têrang bangêt, cêtha wela-wela, saka êndhog siji bae, sajrone sasasi, bisa tumangkar mayuta-yuta.

Uripku gampang bangêt, ora pilih ala bêciking panggonan. Ing nagara kang kalêbu hawa adhêm, sanajan ing môngsa badhidhing ora bisa curês, pamanggonku ana ing gêdhogan utawa kandhang sapi, iku minôngka hotèl sarta pasanggrahanku. Dene ing môngsa panas aku ngêndhog ana ing tlethongan, yèn wis ambênêri môngsa kalane tumuli nêtês.

Kang tak sênêngi ing tlethong jaran, ewadene pupute ing tlethong apa bae ora tampik, ing jumblêng, pawuhan, bêbosokane godhong-godhong lan sapanunggalane. Wose: anggêr ing panggonan kang anjêjêmbêri, prayoga dadi tanah kalairanku.

Sikilku nênêm, ulune pating sruwut katon cêtha, tlapakanku bundêr, linapis ing barang kang plikêt, mula bisa mencok ing ngêndi-êndi. Marga saka mangkono kaanane, mula yèn mêntas ngambah apa-apa, sikilku kaprès barang kang tak encoki. Lan yèn tak anggo mencok ing barang liyane, barang mau katularan gupak apa-apa.

Mêmangsanku kang tak sênêngi sing êmpuk-êmpuk, jêmèk-jêmèk lan sing anduduh, dene marang bôngsa kripik-kripik, panganan sing garing utawa atos iya ora wêgah, marga aku duwe ilu kang kêna kanggo ngluluhake, sarèhne aku kuwi ora urus-urus, dadi wêtêngku rêgêd bangêt, mula iluku mau iya..., iya ora rêsik. Ah, iki rak ngêlèr wirange dhewe arane, nanging ora dadi apa.

Yèn ana wong bunyik, korèng, gudhig, natu, wudun lan liya-liyane, wah, tak trêsnani bangêt, aku kêrêp mencok ing malane mau. Salungaku saka kono sikil sarta pupuku anggêdabul [anggê...]

--- 205 ---

[...dabul] rêrêgêd, nanah lan liya-liyane. Rèhne wis warêg mung kari sênêng-sênêng, saba saparan-paran. Kala-kala mampir mencok ing pêpanganan, ing mripate manusa, ah, ya satibane, anggêr dadi panujuning atiku.

[Grafik]

A. Mangkene wujudku. B. Wulune pating srungut katon cêtha.

Ing ngarêp mau aku wis carita, sabarang kang tak pèncoki, sikilku nuli gubras barang mau. Upama aku mêntas mencok ing sêsukêre wong lara kolerah, môngka kabanjur gêpok karo buwah-buwahan, sêga, panganan lan sapanunggalane, barang-barang mau bisa katularan wijine lêlara kolerah, apa têmahane: ... sing sapa mangan panganan mau banjur katularan lêlara kolerah. Lha, ya mangkono iku jalarane, aku bisa marakake sumêbare lêlara warna-warna, kaya ta tipês, dhisèntri, watuk garing, korèng, cacar, mêngguk, gudhig lan sapanunggalane.

Iya mangkono iku sabab-sababe aku bisa gawe tiwase wong pirang-pirang èwu.

Srana kanggo gawe curêsku ora ana liya, kajaba mung nyêgah murih rakasarêkasa. panêtêsku. Tlethong-tlethong kudu dijaga, supaya aja nganti kêna tak èncoki, suwe-suwene sabên rong minggu sapisan, kudu dibuwang dianggo rabuk tanduran, yèn rêrêgêde mung sathithik, cukup disiram nganggo lênga patra. Reka mangkono iku pamurihe, ngalang-alangi marang nêtêsing êndhogku.

Kajaba iku..., eh, kok kalalèn, arêp kôndha apa ta aku mau, kosik tak eling-elinge..., e, anu, yèn ambuwang uwuh utawa rêrêgêd liyane kudu sing prênah, aja saênggon-ênggon, prayogane digawèkake wadhah dhewe, pawuhan saka kayu kang kêna ditutupi rapêt. Omah pakarangan lan sabên papan kang adhakan kudu rêsik, aja nganti anjêmbrung rêgêd.

Yèn pituturku iku digugu, insyaallah, bakal gawe sudane wong kang tiwas sing jalarane mangkono.

Sarta manèh panyimpêne panganan sing ngati-ati, kudu ditutupi rapêt aja nganti kêna kaambah. Wong dodol panganan idêran, tahu, saoto, gule, wedang, cao lan sapanunggalane, yèn tanpa tutup kang prayoga, gampang dadi jalarane pangrêbdaning lêlara warna-warna.

Ana manèh bangsaku kang nularake lêlara ing antarane kewan rajakaya. Ing Aprikah Kidul akèh [a...]

--- 206 ---

[...kèh] bangêt rajakaya, kang katrajang ing sawijining lêlara, kang ing têmbung mônca diarani tsetseziekte, mungguh jalarane mangkene:

Ana sawijining lêlara kang aran trypanosoom, iku yèn rumasuk ing usus, banjur katut ilining gêtih sumrambah ing awak sakojur, têmahane kewane kacandhak ing lêlara tsetseziekte. Lêlara iku gampang nulare marang kewan liya, marga saka panggawene bangsaku, wujude iya mèh kaya lalêr-lalêr lumrah iku, marga kang nularake mula iya diarani lalêr tsetse.

Yèn wus nyakot ing kewan kang wis lêlaranên, môngka banjur sêsêp ing kewan liya, bisa nênulari. Mangkono uga lêlarane jaran, kêbo, unta lan sapanunggalane, kang diarani Surraziekte, iku uga saka wijining lêlara kang aran tripanosum mau.

Nah, kalawan ringkês, aku wis carita, ewadene ana kang weya ora mrayitnani, êmbuh lho, aja nutuh aku, aja nyêri-nyêri aku, jaragan pancèn takdiring awakku mangkono, bapa timbang ana rêrigênmu dhewe.

Ring sagung kang mrih waluya / kalis ing pati pataka / tarlèn mung rumêksèng raga / têmah luput ing rogarda / [ taman tumungkul ing weya / wiyahèn yêkti yuwana / wahanane sukèng driya / pandam-pandoming martana //

K.M. Sastra Sumarta.

Kabar Sanès Praja

Sang Prabu August II ing Saksên

Gambar ingkang kacêtha ing sisih punika gambaripun makutha nata ing nagari Saksên kala jaman kalih atus sèkêtan taun sapriki, ingkang suwau kakintên bilih makutha punika ical, ananging dèrèng watawis dangu punika sagêd pinanggih malih. Makutha wau êmas, mênggah wujudipun kados inggih botên patos èdi sangêt, limrah kadosdene makuthaning nata sanèsipun. Dene wontênipun dumugi sapriki taksih dipun simpên saha kaaji-aji, punika botên jalaran saking êmas kemawon, ananging bokmanawi ugi minôngka kangge amèngêti sang nata ingkang yasa saha angagêm makutha wau, inggih punika Sang Prabu August II ing nagari Saksên. Ing ngatasipun satunggiling nata, kawontênanipun Sang Prabu August kala sugêngipun pancèn kenging kawastanan anganèh-anèhi, jalaran saking botên jênjêming tindakipun, amila kados wontên gunanipun upami kaandharna sawatawis wontên ing udyana Kajawèn ngriki, supados para maos sagêda kagungan wawasan mênggahing babading tanah Eropah salêbêtipun abad pitulas.

Sang Prabu August II, ingkang sarêng jumênêng nata ing Saksên, jêjuluk Prabu Friedrich August I, punika kawêntar asmanipun jalaran saking kakiyatanipun, ngantos lajêng angsal sasêbutan: August de Sterke têgêsipun August ingkang kiyat sangêt. Minôngka pasêksèning kakiyatanipun wau, [wa...]

--- 207 ---

[...u,] kacariyosakên, bilih sang prabu kanthi gampil sarana asta kemawon sagêd nugêl tapêl tosan, makatên ugi kacariyosakên, bilih sang prabu nêkuk-nêkuk lonjoran tosan prasasat kadosdene kawat kemawon. Sang prabu wau putraning nata ing Saksên ingkang ôngka kalih, wiwit timur mila sang prabu tansah botên jênjêm wontên ing dalêm, amila sarêng jangkêp yuswa 17 taun lajêng tindak lêlana dhatêng karajan ingkang agêng-agêng ing tanah Eropah, lêt kalih taun malih panjênênganipun andhèrèkakên ingkang rama prang amangsah karajan Prasman. Sasedanipun ingkang rama, ingkang kaprabonipun nuntên kagêntosan dening ingkang raka, panjênênganipun lajêng tindak dhatêng kitha Wènên ing Ostênrik, saha lajêng sagêd gandhèng kalihan sang nata ing Ostênrik. Sarêng ingkang raka seda, lajêng kajumênêngakên nata ing Saksên. Dèrèng ngantos lami jumênêng nata, sang prabu nuntên pangkat prang amangsah karajan Turki. Ananging sang prabu kasoran juritipun, jalaran saking punika sang prabu dados saklangkung alit panggalihipun, ngantos lajêng sèlèh saking kalênggahaning kasenapatènipun prajurit, sarta lajêng tindak dhatêng kitha Wènên malih.

[Grafik]

Sang prabu kala punika taksih lêstantun jumênêng nata ing Saksên, lami-lami lajêng ambudidaya sagêdipun jumênêng nata ing karajan Polên. Murih sagêdipun kalêksanan punapa ingkang dipun krêsakakên wau, sang prabu lajêng angrasuk ing agami Katolik. Sanadyan ing wêkdal punika kathah para luhur sanèsipun ingkang ngudi dhatêng kabrabon nagari Polên, ewadene wusananipun ingkang kajumênêngakên inggih sang nata ing Saksên wau. Ananging wontên karajan kêkalih ing Eropah, ingkang botên purun nganggêp dhatêng jumênêngipun Sang Prabu August wontên ing praja Polên wau, inggih punika karajan Prasman tuwin karajan Swèdhên. Ingkang makatên wau anjalari dukanipun sang prabu ingkang tanpa upami. Botên watawis lami malih sang prabu kanthi kabantu dening praja Rus pangkat prang amangsah karajan Swèdhên. Ananging pêrangipun sang prabu kasoran, ngantos prajuritipun wontên 80.000 ingkang dados tawananipun mêngsah. Jalaran saking punika sang prabu lajêng kapêcat saking kaprabonipun ing karajan Polên. Ing nginggil sampun kacariyosakên, bilih sang prabu tansah botên sagêd jênjêm panggalihipun, amila botên antawis dangu lajêng lumêbêt prajurit andhèrèk pêrang Sang Pangeran Eugenius ingkang kala punika angêpang kitha Risêl. Nalikanipun Sang Prabu Karel II aprang wontên ing nagari Rus, Sang August tuwuh krêsanipun badhe ngrêbat karajan Polên malih, sanadyan kala punika sampun wontên ingkang jumênêng nata wontên ing ngriku. Sarana pêrang ingkang watawis lami kanthi kabantu dening karajan sanès-sanèsipun, saha malih jalaran ing Polên piyambak tuwuh pasulayan mawarni-warni, wusanadipunwusananipun. [wusanadi...]

--- 208 ---

[...pun] Sang August sagêd unggul juritipun saha lajêng sagêd jumênêng nata ing Polên malih.

Minôngka pungkasaning karangan punika, ing ngriki prêlu kacariyosakên, bilih miyosipun Sang Prabu August wau kala tanggal 12 Mèi ing taun 1670 ing kitha Drèsdhên, sedanipun tanggal 1 Pèbruari taun 1733 ing kitha Warsêko, inggih punika sasampunipun jumênêng nata wontên ing Saksên laminipun 38 taun, tuwin jumênêng nata ing Polên laminipun 36 taun.

Cariyos Wigatos

Kawontênanipun Sophyèt Ruslan ingkang sajati

Candhakipun Kajawèn ôngka 9

V.

Pêthikan saking sêrat kabar A.I.D.

Gugur-gunung tuwin pajêg

Ing Kajawèn ôngka 10 sampun nyariyosakên bab cacahing arta pajêg ingkang mawa lêlantaran. Sapunika nyariyosakên angsalaning pajêg ingkang tanpa lêlantaran, inggih punika 900 yuta rubêl, dados pajêg ingkang kasêbut rumiyin kathahipun wontên tikêl kalih têngah piyambak. Pamrentah komunis, sampun botên kaconggah ngindhakakên pajêg ingkang tanpa lêlantaran, ing môngka bêtah sangêt dhatêng indhaking pamêdalipun, ingkang punika marginipun botên sanès inggih lajêng ngindhakakên kawontênanipun pajêg ingkang mawa lantaran. Angsal-angsalaning pajêg ingkang tanpa lêlantaran ing taun 1927, punika mèh tikêl kalih tinimbang angsal-angsalanipun ing taun 1924, dene angsal-angsalanipun pajêg ingkang mawa lantaran, punika wontên tikêlipun sakawan piyambak.

Tuwan Baars anyariyosakên, bilih wontên ing parêpatan-parêpatan parte komunis, sok mirêng rêmbag-rêmbagipun ing bab kawontênanipun pajêg-pajêg ing nginggil wau, ingkang lajêng sok tuwuh panyaruwe sawatawis, amargi ingkang makatên wau nama kêsangêtan, ingatasipun pranatan-pranatanipun piyambak, têka dipun tarajang piyambak, ing môngka salah satunggiling ucap-ucapanipun anyêbatakên: anyuwak sadaya pajêg ingkang mawa lêlantaran, jalaran pajêg ingkang makatên punika miturut têtandhinganipun kalêbêt ngawratakên sangêt dhatêng têtiyang ingkang saklangkung miskin. Ananging rêmbag wau lajêng kabantah makatên: têtiyang tani punika pancèn sampun sapisan bodho sangêt, ingkang dipun sumêrêpi namung punapa ingkang sanalika punika kêdah dipun bayar, pajêg-pajêg ingkang mawa lêlantaran wau botên dipun raosakên, amila inggih kajêngipun makatên kemawon, awit nagari ambêtahakên dhatêng arta punika.

--- 209 ---

Mênggahing bab têtanèn, radin-radinipun katingal mundur, tanah wiyar-wiyar ingkang suwaunipun gadhahaning tuwan-tuwan tanah, sampun kabagi-bagi, mêsin-mêsin saha pirantos-pirantos sanèsipun, ingkang kathah sampun sami dipun risak, lan samangke têtiyang ing ngrika sami judhêg kadospundi anggènipun sami ngawontênakên pirantos saha mêsin-mêsin ingkang prêlu sangêt damêlipun wau, ing môngka para tani botên sami kêconggah numbas piyambak. Salajêngipun tiyang lajêng ambudidaya sarana pangayoman warni-warni saking pamarentah angwontênakên pakêmpalan-pakêmpalan kopêrasi, ananging botên kadadosan, saha pamêdalipun siti ing Ruslan mêksa taksih kirang kathah tinimbang taun 1913. Pasitèn ingkang dipun tanêmi samangke 92% saking kawontênanipun pasitèn ingkang rumiyin, angsal-angsalanipun kintên-kintên namung 88%, dados inggih pasitènipun, inggih angsal-angsalanipun, punika saya suda. Ôngka-ôngka punika, ingkang pamêndhêtipun saking sêrat cathêtan opisil saking pamarentah komunis, tamtunipun inggih botên badhe ngawonakên sangêt dhatêng kawontênanipun lugu. Kosokwangsulipun, manawi angèngêti, bilih pangintunipun gandum dhatêng sajawining nagari ing samangke punika langkung sakêdhik katimbang kala ing taun 1913, punika wontên sabab-sabab ingkang anjalari tuwuhing gagasan, bilih ôngka-ôngka ingkang kasêbutakên wau, anggambar kawontênanipun samangke saklangkung saenipun. Sanadyan makatêna inggih têtela, bilih ing bab anyaèkakên têtanèn, angindhakakên angsal-angsalaning siti, inggih punika ingkang dados dhêdhasar indhakipun karaharjaning para tani, ing salêbêtipun 14 taun punika, botên kanyatan babarpisan. Ananging manawi kawontênanipun, ôngka-ôngka wau katitipriksa kanthi sayêktos, lajêng wontên bab-bab sanèsipun ingkang tumrap Indiya piyambak wontên gunanipun.

Nagari Ruslan wontên ing tanah-tanah Turkustan saha Kokasês, anggadhahi siti-siti ingkang sagêd angsal toya, wiyaripun kintên-kintên wontên 600.000 H.A. siti wau mèh sadaya dipun tanêmi: kapas. Jêmbaring siti punika ing taun 1926 wontên 120% nipun kala ing taun 1913, mênggah anggèning mêwahi jêmbaring siti wau sadangunipun wontên pêrang agêng ingkang kapêngkêr punika, botên sabibaripun gegeran. Ananging pamêdaling kapas têka namung 85% nipun saking pamêdalipun kala ing taun 1913.

Angsal-angsalaning tanêman gandum tumrap satunggal-tunggaling tiyang, punika mèh sami kemawon kalihan kala ing taun 1913. Pambagining toya tumrap sabinipun tiyang kathah, dados sanès piyambak-piyambak, punika angsal-angsalanipun malah suda.

Ing ngajêng Tuwan Baars sampun nyariyosakên, bilih kala ing taun 1921 piyambakipun wontên ing Turkistan anyambutdamêl wontên ing pakaryan irigasi, saha lajêng sagêd nyumêrêpi kawontênanipun punika kalihan têrang. Dene kawontênan ingkang sayêktosipun, punika anglangkungi tinimbang kalihan ingkang pinanggih ing ôngka-ôngka punika.

(Badhe kasambêtan)

--- 210 ---

Kawruh Warni-warni

Bab ngrêsiki tigan kambangan

Para maos tamtunipun sampun sami uninga, bilih tigan punika saya rêsik saha gumrining warninipun inggih saya mindhak awis rêginipun. Amila inggih botên kenging dipun paibên, dene kathah têtiyang ingkang sami ambudidaya angrêsiki tigan ingkang rêgêd jalaran kenging blêthokan utawi sanès-sanèsipun, murih tiganipun wau katingal sae, ingkang sagêd ngindhakakên rêrêgènipun. Ananging sajatosipun angrêsiki tigan punika botên nama gampil, awit manawi tigan wau namung kakumbah mawi toya kemawon, punika sagêd angicalakên glabading cangkang tigan, ing môngka glabad wau ingkang murugakên santosaning tigan, dados manawi glabading cangkang ical, tiganipun inggih sagêd tumuntên risak. Ingkang punika tiyang lajêng tansah ambudidaya ngupados akal sanès ingkang botên sagêd ngenggalakên risaking tigan wau. Ananging caraning ngêsiki tigan ingkang sampun katindakakên ing samangke, punika manawi botên kangelan sangêt, wragadipun ragi kêkathahên, mila ingkang makatên wau inggih namung katindakakên dening para dagang tigan ingkang agêng-agêng kemawon.

[Grafik]

Ingah-ingahan kambangan

Kranjang isi tigan ingkang rêsik saha gêmrining warninipun, punika sakêdhap kemawon sagêd têlas kasade, ananging manawi tiganipun wau rêgêd jalaran saking blêthokan, punapa malih saking têlèking pitik iwèn, punika inggih angèl pêpajênganipun. Ingkang punika kados wontên gunanipun upami ing ngriki ngandharakên sakêdhik mênggahing bab caranipun ngrêsiki tigan kambangan ingkang wragadipun botên sapintêna, tur inggih botên ngrisakakên tiganipun.

Murih gamblangipun, kêdah katrangakên rumiyin, kawontênanipun tigan ingkang mêntas dipun wêdalakên.

Tigan ingkang mêntas dipun wêdalakên punika ngyiyit, dene manawi kenging hawa, sakêdhap kemawon inggih lajêng dados garing. Garinging yiyit ingkang saklangkung enggal wau, anjalari tuwuhipun pamanggih, bilih yiyit ingkang anjagi santosaning tigan wau, anggadhahi daya kadosdene lilin. Ing môngka wontên cêcampuraning obat ingkang sagêd adamêl cuwèring lilin, caranipun wau botên beda kalihan ngrêsiki wacucal menda saking gajihipun, inggih punika sarana toya kêras ingkang kadamêl saking dat kakêcuting walirang (zwavelzuur). [(zwavel...]

--- 211 ---

[...zuur).] Pamanggih kados ing nginggil punika inggih mila lêrês sangêt, ananging sagêdipun angsal pasêksèn ingkang yakin, punika sasampunipun kacobi ngantos pintên-pintên rambahan sarana ngakal warni-warni. Pungkasanipun ingkang prayogi piyambak, inggih punika jer-jeranipun zwavelzuur kalihan toya, petanganipun, satunggal kalihan satus. Ananging pangêjèripun wau, kêdah ngatos-atos sangêt, awit zwavelzuur ingkang murni punika sagêd anggosongakên kulit.

Mênggah cara-caranipun angrêsiki tigan punika makatên:

Manawi tigan kambangan ingkang badhe dipun rêsiki punika wontên 100 iji, langkung ruyinrumiyin. ngawontênakên wadhah toya pêsagi ingkang cêpèr saha ingkang sagêd isi toya kintên-kintên 10 litêr, toya 10 litêr punika wawratipun sami kalihan toya gêndul ayèr blandhah 20. Murih sagêdipun angsal jer-jeran saprêsèn wau, manawi wontên 100 sèntimètêr kubuk, kêdah dipun wontêni zwavelzuur satunggal dhèsilitêr, manawi wadhah toya wau panjangipun 50 sèntimètêr, wiyaripun 40 sèntimètêr lan inggilipun 5 sèntimètêr, punika cèplês sagêd isi toya 10 litêr. Ingkang punika mila prêlu sangêt, bilih inggiling toya wau kadamêl 10 sèntimètêr, prêlunipun kangge papan inggahing jer-jeran wau, manawi tigan-tiganipun sampun kacêmplungakên ing ngriku. Langkung sae malih manawi wadhah toya wau panjangipun 80 sèntimètêr, wiyaripun 50 sèntimètêr lan inggilipun 5 utawi 6 sèntimètêr, awit tiganipun lajêng sagêd kajèjèr-jèjèrakên.

Anggènipun damêl jer-jeran wau, ingkang karumiyinakên toyanipun, salajêngipun sawêg zwavelzuur ripun, botên pisan-pisan kenging walikanipun.

Murih gampilipun, ingkang kasukakakên wontên ing wadhah toya wau langkung rumiyin tiganipun, sasampunipun jer-jeran wau sawêg dipun sokakên dhatêng tiganipun, pangêkumipun tigan wontên ing jer-jeran wau wontên saprapat jam, salêbêtipun punika ingkang gadhah kenging nyambi padamêlan sanès-sanèsipun. Sasampunipun saprapat jam, badhe katingal, bilih yiyiting tigan wau mèh ucul utawi ucul babarpisan saking cangkangipun. Kangge ngicali rêrêgêdipun sanès samangke gampil sangêt, inggih punika kagosok mawi planèl ingkang kasar-kasar kemawon, sasampunipun tigan wau nuntên kacêmplungakên ing toya mangêt-mangêt, supados jer-jeran ingkang taksih têmèmplèk sagêda ical, dene anggènipun anggaringakên, tigan wau lajêng katata wontên ing êrak mawi dipun tutupi koran.

Manawi tiganipun wau sampun garing babarpisan, pêthaking cangkangipun tigan, badhe malih dados pêthak mêmplak sangêt, dene manawi cangkangipun biru, malih dados biru ênèm rêsik gêmrining.

--- 212 ---

Ekonomi

Klapa

Sami-sami wit-witan taun, botên wontên ingkang agênging pigunanipun kados wit kalapa, tumrapipun têtiyang siti, mèh botên wontên ingkang botên rêmên nanêm kalapa, awit kalapa punika sabên tiyang migunakakên, kenging kangge kabêtahan padintênan, kados ta kangge olah-olah. Manawi kathah kenging dipun sade kangge kabêtahan sanès, malah ingkang pananêmipun kathah, minggahipun ingkang dipun tanêm dados kêbon kalapa, wohipun lajêng dados padagangan agêng, sarananipunsarana dipun. cukili tuwin dipun pe ngantos garing, namanipun kosrah.

Saking kêlimrahipun tanêman kalapa, tumrap ing nagari bêntèr tiyang sagêd nyumêrêpi tanêman kalapa wiwit saking pasisiring sagantên ngantos dumugi sukuning parêdèn, uwitipun sami kêtingal sae-sae, nanging minggahipun malih dumugi tanah parêdèn ingkang hawanipun asrêp, tanêman kalapa sampun botên sae. Saking kêlimrahipun wau, tuwin pancèn jalaran saking gênging pigunanipun, tiyang nyumêrêpi pakarangan ingkang kêbak isi tanêman kalapa, angraos damêl sêngsêming manah, saya tumraping pasisir ingkang anggênggêng kêbak tanêman kalapa, warninipun kêtingal angrêsêpakên sangêt.

[Grafik]

Bangsaning kalapa punika wontên pintên-pintên dasa warni, nanging manawi kapiridakên saking pigunanipun, kenging namung kaperang kalih, inggiinggih. punika klapa ingkang tanahipun agêng tuwin alit, dene ingkang agêng, punika ingkang dipun pilala, tumrapipun ingkang alit nama namung dados pêthetan, inggih punika klapa gadhing, puyuh tuwin sanès-sanèsipun, ingkang pèni wontên ing sawangan.

Mênggahing pananêmipun, punika sabên tiyang inggih sampun sumêrêp, nanging prêlu ugi kapratelakakên sawatawis, kados ing ngandhap punika:

Pamilihing siti kêdah ingkang dhahas, punika sagêd andayani sae ing uwit, tuwin manawi dipun rabuki enggal katingal lêma, saya manawi siti wau pancèn sampun ngandhut lêmi.

Pamilihing wiji, kêdah klapa ingkang sampun kiring wontên ing uwit, ingkang agêng, mungsêr janjanganipun (andados) langkung utami manawi angsal pusêripun, inggih punika klapa sajanjang ingkang dhawah têngah piyambak, awit kalapa wau tamtu agêng, tuwin [tu...]

--- 213 ---

[...win] bundêr. Klapa ingkang sampun kiring makatên wau, manawi badhe kangge cikal prayogi dipun gantung wontên ing panging wit-witan. Makatên ugi pamilihing klapa wau kêdah klapa ingkang uwitipun sampun sêpuh, punika sagêd nitik saking inggil utawi dhapuring glêganipun. Klapa wau manawi sampun 3 wulan: thukul, manawi sampun umur 9 wulan kenging katanêm, pamêndhêmipun ingkang ngantos ngaclopakên tabon.

Êlêting pananêm ingkang prayogi kawan êru, êlêt samantên punika benjing dadosipun cêkapan, lan ing ngandhapipun taksih kenging dipun tanêmi punapa-punapa. Lan ingkang prayogi, nanjakakên cikal punika prayogi dipun sarêngi nanêm pisang, prêlunipun pisang wau kangge ayom-ayom kalanipun kalapa taksih alit, utawi andayani asrêp. Dene manawi klapa sampun agêng, pisangipun kenging kabucalan.

Nanêm kalapa punika kêdah tansah srêgêp rêrêsik ing ngandhapipun, saya manawi sampun agêng dumuginipun awoh, punika dalah ing nginggil inggih kêdah dipun rêsiki, papah garing, manggar ingkang sampun garing, mancung, tapas tuwin sanès-sanèsipun, punapadene ing ngandhap, thêthukulanipun inggih kêdah dipun bubuti. Makatên ugi tumrap kalapa ingkang sampun awoh, satahun sapisan ing nginggil dipun dèkèkana sarêm, majaji 1 sèn, punika sagêd ngathahakên uwoh.

Wontên tiyang ingkang cariyos, bilih tanêman kalapa ingkang cêlak tiyang punika tamtu sae, jalaran saking angsal hawaning tiyang. Ingkang makatên wau mênggahing katranganipun ragi wontên nalisiripun sakêdhik, dene nyataning tanêman lêma wau, jalaran saking kopèn, kêrêp dipun rêsiki utawi dipun lêmèni. Dados sanadyan têbih, manawi dipun manah rabuk tuwin rêrêsikipun, inggih sami kemawon.

Klapa punika manawi sampun 3 taun lajêng anggênuki, inggih punika kêtingal galugunipun anyêmpluk kados gênuk.

Sasampunipun 6-7 taun, wiwit awoh, tumrap tiyang nanêm, ing wêkdal wau sampun wiwit anampèni kaskaya piwalêsipun kalapa ingkang dipun tanêm, tansah lumintu. Mila ngantos wonwontên. têtêmbungan ngupamèkakên kabêgjanipun tiyang nanêm kalapa makatên: wong nandur krambil iku kaya wong nyêkolahake anak ana ing pamulangan, kabêgjane tinêmu ing buri, nganti tumêka ing tuwa.

Wanci pêperanganing klapa punika warni-warni sangêt, kados ta: manggar, sêkaripun. Bluluk, pêntilipun. Cêngkir, pêntil ingkang sampun agêng isi toya. Dêgan, punika undha-usukipun inggih warni-warni, kumringêt, kumêruk, tuwin ngantos mèh dados kalapa. Lajêng wiwit kêmelas, sêmantên, ngantos dumugi kiring. Satunggal-satunggaling wanci wau wontên pigunanipun piyambak, kados ta cêngkir dipun rujak, dêgan kangge têtêdhan, klapa kangge olah-olah. Nanging sadaya wau mênggah ingkang sae piyambak manawi dipun undhuh sêpuh, punika uwitipun badhe bètênbotên. kantrak, mila tiyang ingkang murka ngundhuhi klapa tanpa dugi, punika lêganing manah namung sapisan, salajêngipun lajêng manggih pituna.

Klapa punika pancèn satunggaling tanêman, ingkang

--- 214 ---

tanpa kêndhat malêsipun dhatêng manungsa, mèh sadaya botên wontên ingkang kabucal, dalah dumugi bathok sêpêt taksih tumônja. Saya sarêng lare-lare pamulangan nindakakên padamêlan tangan, bathok punika dados jalaraning kêbukanipun lare dhatêng padamêlan kriya, wontên ingkang damêl bênik, mainan hèrloji, tuwin sanès-sanèsipun. Saya tumrap pakaryan tiyang ina ing Bandhung tuwin Ngayogya, punapadene pakaryan para têtiyang ukuman, sêpêt punika agêng sangêt pigunanipun, awit lajêng kenging dipun angge dandosan warni-warni, ingkang pantês dados rêrêngganing griya. Kados ta kèsèt, tutup jrambah tuwin sanès-sanèsipun, manawi dipun tingali wujudipun, tiyang tamtu malêngak, dening saking saenipun.

Ing wusana klapa punika mugi lêstantuna saya mindhak agêng pigunanipun.

Rêmbagipun Sêmar, Garèng lan Petruk

Bab pangudinipun dhatêng pangupajiwa

Sêmar (Angunandika) : Nèk tak pikir kanthi têmênan, têka angèl bangêt anggonku angrasakake mungguh kaanane bangsaku kiyi, yèn tak aranana mundur, akèhe wong pintêr saiki wis bal-balan, pira bae saiki para mudha sing anduwèni sasêbutan Mr. Dr. utawi Ir., nèk dak aranana wis maju, kaya-kaya kamajuane mau iya durung sapiraa nèk dipandhing karo bôngsa liya-liyane, sabab kamajuane mau kaya-kaya sing akèh mung nyang kapintêran sêkolahan bae, mênyang bab liya-liyane sajake ora pati maju. Lha, kapriye manèh bocah saiki kiyi sing diburu mung nyang pagawean kantor bae. Sanajan balanjane sathithik, anggêre wis disêbut dara juru tulis, atine ayêm wikrama. E, tinimbang aku ngaru-ara mêngkene, rak luwih bêcik aku tak sêsindhenan, nang pikiran rasane ayêm, tur nèk kabênêr ana rêjêki kêsasar, tanggane sing mêntas amborong durèn kulon kono, saking wêlase anggonku glenggang-glènggèng ngene kiyi, bisa uga banjur ngogêli sapongge rong pongge, sokur bage sagluntung. Enake wanci rêmêng-rêmêng mêngkene kiyi nêmbange Mêgatruh, banjur ditibakake nyang gandrung manis. Sapa wêruh bêgjaning uwong, nèk-nèke banjur ana wong sugih awèh pagawean pènsiyunan. Wis dak wiwitane: awit nyata sêdyane mung padha buru / nyang dalan urip sawiji / kapengin padha disêbut / lumrahe aran priyayi / da - di - ju - ru - tu - li - s ka - ntor // gandroong, gandroong, gandrung manis, manise saparan-paran...

Garèng : Truk, wis bilahi kiyi, kêpêksa ngêbon mori têmênan, môngka jaman cap gomèk kiyi, sakèhing toko padha tutup, mara dêlêngên ta, Rama ana sajêroning sêkaratul maot. La apa mèmpêr, ing ngatase wong wis tuwa mangkono, [mangko...]

--- 215 ---

[...no,] anggone anjogèd kathik ngalênthêr, mripate diêrêm-êrêmake, sajake kok dinikmatake.

Petruk : Yadhug, yadhug, saya suwe ora saya ngajèni nyang wong tuwa, malah têka banjur diêntèk-êntèkake kurang ajare, tujune ta sadulur tuwa, ajaa sida tak gaglag jangane lumbu têmênan. Ngrêtia yèn kiyi bapakmu, wong sing ngukir gu...

Sêmar : E, iya ora mung Garèng sing ora wêruh tata, sanajan Si Petruk saya dlodog, ana nudingi uwong tuwa, drijine têka nganti mlêbu nyang mata, wis, wis aja padha pêpadon, kuwi ora bêcik pêmburine. Ayo padha omong-omongan bae, supaya bisa mundhak sêsurupane.

[Grafik]

Garèng : Lha, kuwi utama bangêt, Ma. Mung bae sing dirêmbug kuwi aja bab sing enak, ananging kudu bab sing kapenak.

Sêmar : Lho, rada kodhêng pamikirku anampani panjalukmu kiyi, aja rêmbugan bab sing enak, ananging kudu bab sing kêpenak, kuwi kapriye.

Petruk : O, Ma, Ma, jarene wis lawas ana ing donya, dadi sêsurupane luwih akèh tinimbang wong nonoman. Dene ana têtêmbungan mangkono bae, wis bingung. Rungokna tak jarwani: Garèng mau kôndha yèn ora gêlêm rêrêmbugan bab-bab sing enak-enak, kuwi sababe ora liya, amarga sanadyan Si Rama kuwi wong tuwane, ananging têmtune ora ambuktèkake apa sing dikandhakake, kaya ta upamane ngandhakake: gurihing pêcêl pitik, nyamlênge opor brati, gandême pindhang ati-ati, sanajan kok lakoni nêbasake gajih ing mripatmu, iya masa bakala Si Rama bisa ambuktèkake enaking lêlawuhan mau. Seje yèn ngomongake bab-bab sing kapenak, kaya ta: anglêring gambir sawit, lêngud-lênguding genjong-goling utawa manèh ramene grompolthèk, kuwi ora angèl anggone arêp ambuktèkake, anggêre gêlêm brobos panggonan wayang wong bae, wis mêsthi bisa nêksèni dhewe.

Garèng : Truk, Truk, bok aja milu omong, kowe kuwe rak isih kalêbu pupuk bawang. Saiki tak kandhani mungguhing bab-bab sing enak kuwi. Rama têmtune rak isih eling mênyang caritaning iblis sing tangane sijine anggêgêm madu, sijine manèh anggêgêm jadham, barêng tinakonan gunane madu lan jadham mau, wangsulane: madu iki ing sarèhning rasane lêgi enak, arêp dak anggo nglèlèti cangkême wong kang lagi ngomongake alaning liyan, cikbèn bisa suwe. Dene jadham ing sarèhning rasane pait, arêp tak anggo nglèlèti cangkêming wong sing omong bab kabêcikan, cikbèn enggal diuwisi.

Sêmar : Iya, iya, wis ngrêti aku, bocah bagus. Dadi karêpmu, omong-omongan ananging aja ngrasani liyan, amarga iki ora utama bangêt, luwih bêcik padha rêmbugan bab sing

--- 216 ---

migunani tumraping ngakèh. Rak iya mangkono ta Rèng.

Garèng : Iya mula mangkono, dene anggonku duwe panjaluk mangkono mau, amarga rikalane aku lumêbu ing omah kene, aku krungu panggrundêlane Rama, sing mranani para mudha jaman saiki.

Sêmar : Lho, kowe aja kliru panômpa aku mung anggrêsula, dene para mudha saiki kiyi sing akèh mung ngudi marang kapriyayèn bae, wusanane banjur ora migatèkake pakaryan liyane kang prêlu-prêlu, kaya ta: bab têtanèn, patukangan lan sapêpadhane. Apa ora jênêng eman-eman kang mangkono kuwi.

Petruk : Rama kudu ngèlingi, yèn jaman saiki kiyi upamane môngsa ngono, lagi môngsa labuh, dadi kaanane iya ora karu-karuan. Rama rak isih kèlingan lagi anu kae, kabênêr môngsa labuh diulêmi tayuban. Dêlêngane mono iya têrang gêmrinang, mulane anggone macak iya diêntêp têmênan. Barêng nang têngahing dalan jêbul bus udan, sarèhning crindhil banjur kapêksa bali dalan.

Garèng : Panêmune Petruk kiyi pancèn iya ana bênêre, saiki kiyi rak lagi ambudidaya, kapriye dalane kang utama dhewe bisane enggal bisa anggayuh mênyang kamajuan kuwi, mulane ing ngêndi-êndi banjur tuwuh sakolahan warna-warna, kaya ta sêkolahan kang dhêdhasar agama, sêkolahan kabangsan, lan sapanunggalane. Kirane kuwi kabèh kalêbu pêrcobakan-pêrcobakan bisane olèh dalan kang utama dhewe kanggo amburu marang kamajuan.

(Badhe kasambêtan)

Waosan Lare

Dongèng Dèwi Mênurseta

XI. Dèwi Mênurseta sugêng manèh

[Mêgatruh]

nuli budhal sang prabu karsane kondur / diiring wong nyunggi pêthi / wong lima padha angguguk / bêbarêngan anangisi / panyawange tanpa pêdhot //

ing sadalan-dalan lakune mung ewuh / abdi sing anyunggi pêthi / pijêr mêndhak mundhuk-mundhuk / saka samar kêsundhul wit / mula nganti krênggos-krênggos //

lah ing kono lakune abdi kêsandhung / ing oyod kang malang margi / panyunggine pêthi mrucut / awake tiba kêbanting / pêthine mancêlat adoh //

rêmuk sumyur kacane amawut-mawut / lan layone Mênurputih / nganti mancêlat gumlundhung / sang prabu kagèt anolih/ [ano...]

--- 217 ---

[...lih/] bangêt dukane ing kono //

e dilalah kêbangêtên kowe drohun / ana wis kon ngati-ati / jêbul dadak numbuk-numbuk / kapriye ta mau iki / e kowe sida wurung wong //

abdi matur gusti ing sayêktosipun / botên pisan-pisan dugi / manawi kula kêsandhung / ing oyod kang malang margi / kula sumôngga kemawon //

sang prabu panggalihe bangêt bingung /Kurang satu suku kata: sang aprabu panggalihe bangêt bingung. nuli marani sang putri / sing ana lêmah gumlundhung / abdi tansah akêkinthil / ambêkane krênggos-krênggos //

abdi matur kadospundi karsanipun / kang murih dados prayogi / makatên kemawon sampun / ing sapunika sang putri / saenipun kula gendhong //

sang aprabu dhawuh karo napuk kêpluk / wis mênênga bae gênjik / aja pijêr gawe kisruh / mêngko mundhak tak têmpiling / bok wis aja ngona-ngono //

bangêt ngungun sang aprabu banjur manglung / anuwèni Mênurputih / guwayane isih wutuh / malah ketok kêmpis-kêmpis / lan tingale mêlèk alon //

lawan nuli wiwit muwun sênggruk-sênggruk / karo angandika lirih / iki nèng ngêndi awakku / sapa ta wong-uwong kuwi / lagi iki aku tumon //

bangêt kagèt mau galihe sang prabu / nuli ngandika nyang abdi / priye kono rumasamu / apa kira têmên urip / lah nyatakna cêdhak kono //

abdi matur nun inggih kangjêng sinuhun / sasumêrêp kula gusti / ing salami-laminipun / wartosipun kaki nini / kang sampun kêlimrah yêktos //

mênggah tiyang ambêkan sayêktosipun / tamtunipun gêsang ugi / makatên ing limrahipun / mung kula sumôngga gusti / kang ngatên punapa yêktos //

gèdhèg-gèdhèg sang prabu ngandika sêru / e e dene pating blandhit / gunêmanmu nganti galur / bok cêkakan bae uwis / ora sajak ambêbodho //

lah ing kono Mênurseta clathu sêru / bapak kowe ana ngêndi / gone clathu ngono iku / ketok karo gregah tangi / banjur lênggah dhêlog-dhêlog //

sang prabu nuli ngandika ngrêrapu /Kurang satu suku kata: sang aprabu nuli ngandika ngrêrapu. hèh wruhanmu ingsun iki / iya sing jumênêng ratu / laladan nagara iki / aja samar kowe dhenok //

awit kowe dhèk mau uwis tak jaluk / karo wong sing kok iloni / mung aku kapengin wêruh / priye sing dadi sakawit / dene tinêmu mangkono //

Mênurseta banjur miwiti matur /Kurang satu suku kata: Mênurseta banjur amiwiti matur. lêlakone sing wis-uwis / nalikane dadi kantu / nganti ping têlune iki / elinge wis anèng kono //

panggalihe sang aprabu bangêt ngungun / priye nalare sing mulih / kono abdi nuli matur / mangke kula ngrêtos gusti / sababipun kang sayêktos //

ing pangintên kula rumiyin sang ayu / pancèn nêdya pun pêjahi / ing wusana ingkang kantun / sarana dipun lêbêti / dhêdhaharan mutawatos //

gih puniku dhaharan kang mawi racun / nanging mung kandhêg mandêlik / mangkêl wontên lêbêt gulu / ing wusananipun gusti / pun lare mèh dados layon //

tujunipun gusti lajêng mundhut /Kurang dua suku kata: tujunipun gusti lajêng karsa mundhut. tuwin malih anyarêngi / kala pêthi kula panggul / kula kêrungkêp ing siti / jalaran kasrimpêt oyod //

sarêng pêthi dhawah wontên siti rêmuk / lare gêsang malih /Kurang dua suku kata: lajêng lare gêsang malih. mila sapunikanipun / bilih kula sasat manggih / rêdi gêndhis kang miraos //

--- 218 ---

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès

Bêstiring Yong Islamitên Bon, badhe gadhah atur dhatêng pamarentah, supados sawarnining buku pamulangan ingkang ngêwrat suraos angrèmèhakên tuwin natoni manahipun têtiyang siti, supados sampun dipun angge malih wontên ing pamulangan ingkang dipun lêbêti têtiyang siti, utawi ing mosi ugi mratelakakên kawontênaning buku-buku ingkang prayogi kangge têtiyang siti.

Wiwit ing taun 1908 Budi Utama ing Klathèn anggadhahi griya pamulasaran lare lola, dipun namakakên Panti Darma. Ing sapunika kajênging bêstir pakêmpalan, griya wau badhe dipun pasrahakên dhatêng dhusun, ingkang ugi tumut nyanggi waragadipun.

Kabaripun, lare-lare ingkang sami katêtakakên pakêmpalan Muhammadiyah, nyarêngi konggrès ngajêng punika, kadhawahakên tanggal kaping 15 Pèbruari, kingkangingkang. sami têtak wontên 100, sadèrèngipun lare ingkang têtak wau dipun gès, mawi kaarak para murid sêkolahan Muhammadiyah Ngayogya rumiyin.

Wontên kabar, bilih griya pondhokan (internaat) ada-adanipun pakêmpalan Budi Utama, pang Ngayogyakarta, taun punika angsal subsidhi saking guprêmèn f 1722.50.

Wontên pawartos, bilih ing wêkdal samangke kathah tiyang ingkang dhatêng saking Dhèli, wangsul anuwèni sanak-sadhèrèkipun. CariyosyanCariyosipun. badhe kesah malih watêngdhatêng. sabrang, awit ing ngrika panggêsangan taksih gampil.

Nyonyah A. Hardeman - Van Stietz garwanipun paduka tuwan dhirèktur pangajaran, sampun kaparêng kadadosakên pangarsa minulyanipun pakêmpalan pasinaon tumrap lare ingkang kêndho sangêt.

Saking Surabaya kawartosakên, jalaran saking panuwunanipun pangrèh agêng Muhammadiyah, salêbêtipun wontên konggrès pakêmpalan wau wontên ing Ngayogya benjing tanggal 12 Januari punika, Dr. Sutama badhe tumut mêdhar sabda prakawis kawontênanipun para wanita, kados ingkang sampun dipun wêdharakên wontên ing salêbêting parêpatanipun pakêmpalan wanita "Vrouwentehuis'' ing Surabaya.

Juru kabar Kajawèn martosakên, panjênênganipun Radèn Adipati Ariya Danusugônda Bupati ing Magêlang tampi paringan gamêlan kalih prangkat, pelok tuwin sêlendro saking Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun ing Surakarta, dhatêngipun ing Magêlang kabêkta kalih iji oto barang, saha kairingakên priyantun utusan dalêm saking Surakarta.

Malêm Sêtu tuwin malêm Minggu ingkang sampun kapêngkêr punika wampunsampun. kacoba katabuh mawi nimbali sawatawis priyantun kitha Magêlang, larasing gamêlan mila sakeca sangêt.

Saking Surakarta kawartosakên, bilih pakêmpalaning têtiyang siti ingkang sami angrasuk agami Kristên, angêdêgakên kantor pangêcapan ingkang kanamakakên: Jawi.

Sêrat kabar Darmakôndha angsal pawartos, bilih sawatawis tiyang ingkang sami kasingkirakên dhatêng Dhigul, sami ngawontênakên satunggiling komite, ingkang sêdyanipun badhe ngadêgakên masjid.

Saking Ngayogyakarta kawartosakên: dèrèng dangu punika salah satunggiling tiyang dhusun ing Piyungan, sacêlakipun Kitha Agêng, kala kalêrês dhudhuk-dhudhuk amanggih gôngsa saprangkat. Salajêngipun gôngsa wau lajêng kaaturakên dhatêng nagari, dene ingkang manggih, pinaringan ganjaran arta f 100.-

Kongsul jendral Prancis ing Batawi, angsal palilah pados kuli jalêr èstri têtiyang Jawi cacah 500 salêbêtipun sataun, badhe kangge wontên ing Nieuw Caledonie jajahan Prancis.

Ingkang sinuhun ing Surakarta sampun dhawuh supados rêrêsik pasasareyanipunpasareyanipun. Sinuhun Sultan Pajang (Jaka Tingkir) ing dhusun Butuh, Surakarta.

Wiwit tanggal 1 Mèi ngajêng punika, badhe wontên sêpur èsprès saking Wèltêprèdhên dhatêng Ngayogya mêdal Bandhung. Sêpur sênèl ingkang bidhal saking Wèltêprèdhên jam 3 enjing dipun icali. Èsprès wau bidhalipun saking Gambir jam 6.45 enjing. Saking Bogor ugi badhe dipun wontêni sêpur sênèl, langkung Sukabumi, dhatêng Padhalarang, supados sagêd sambêd kalihan sêpur èsprès ingkang kasêbut ing nginggil. Èsprès Wèltêprèdhên dhatêng Ngayogya mêdal Cirêbon taksih, nanging bidhalipun mundur jam 7.15.

Wontên kabar, benjing garêbêg Bêsar ngajêng punika, ing Dêmak badhe wontên pêkên dalu, angsal-angsalanipun badhe kadarmakakên dhatêng kasipun tiyang siti sarta pakêmpalan tiyang Tiyonghwa ingkang botên mulitik.

Cabang Pakêmpalan Guru Bantu P.G.B. ing Pasuruan badhe angêdêgakên pamulangan Sêkhakêl wontên ing kitha Bangil, sarana kabiyantu dening kangjêng bupati sarta patih, ing Bangil. Pamulangan kabaripun kabikak benjing wulan Juli ngajêng punika. Kajawi punika P.G.B. cabang Pasuruan sawêg andamêl rancangan angêdêgakên Sêkhakêl Sêkul ing: Klakah, apdhèling Lumajang. P.G.B. cabang ing: Malang ugi badhe ngêdêgakên pamulangan H.I.S. wontên ing kitha Malang.

--- 219 ---

Wêwaosan

Sêsupe agêmipun rajaputri ing Seba

13

Propesor Higgs ambêbêdhag

Shadrach kêtingalipun jèngkèl, lan awicantên, bilih kula sadaya ingkang kêdah tumut dhatêng piyambakipun. Salajêngipun kula nglolos sêsupenipun sang putri ing Seba saking driji kula. Saha lajêng kula nyunyukakên dhatêng rainipun.

Wicantên kula: yèn kowe ora miturut ing prentahku, sabalimu ing ngarsane sang putri sing ngutus nyang kowe, kowe bakal wêruh dhewe. Amarga elinga, sanadyan aku papat kabèh iki mati, (kala punika kula kalihan nyawang piyambakipun kanthi pikajêng ingkang wigatos) akèh wong kang naksèni, kang anjalari kowe ora bisa nyidhêm kaanane kabèh iki.

Tanpa anjawab punapa-punapa, piyambakipun lajêng angurmati dhatêng sêsupe ingkang kramat wau, saha kula sadaya lajêng wangsul dhatêng Zeu.

4

Pharaoh adamêl susah kula sadaya.

Kintên-kintên sampun lêt watawis nêm minggu, kawontênan ing sakubêngipun ngriku wiwit amalih. Kala punika kula sadaya sawêg mêdal saking sagantên wêdhi. Kintên-kintên lampah kula sadaya wontên ing sagantên wêdhi wau sakêdhik-sakêdhikipun sèwu pal. Sasampunipun manggih lêlampahan ing padhusunan kados ingkang sampun kacariyos ing nginggil, salajêngipun lampah kula sadaya wilujêng botên kirang satunggal punapa. Mila inggih yêktos kawontênanipun ajêg kemawon sarta tanpa wêwangênan, ananging tumrapipun Higgs kalihan Orme inggih wontên saenipun, jalaran kalih-kalihipun dèrèng nate kêkesahan ingkang kados makatên wau.

Satunggiling dintên nuju ing wanci sontên, kanthi cêtha, kula sadaya sumêrêp rêdi agêng-agêng lamat-lamat sundhul ing akasa, adêging rêdi-rêdi wau awangun tapêl, inggih punika rêdi-rêdinipun nagari Mur. Inggih lêrês têbihipun taksih pintên-pintên pal, nanging punika rak rêdi-rêdinipun nagari Mur. Enjingipun lampah kula sadaya turut panggenan ingkang kathah wananipun, saha urutipun dumugi ing lèpèn agêng, pangipun lèpèn Nil. Tigang dintên malih kula dumugi sapinggiring lèpèn wau, ing ngriku samangke kula sadaya sagêd angsal têdha cêkap. Unta-untanipun sami nêdhani rumput kathah sangêt, kula sadaya ngantos anggadhahi pangintên badhe anjêbrot. Sato kewan pintên-pintên, dados kula sadaya ugi sagêd angsal têdha sapurun-purunipun. Dumugi kula sadaya wontên ing ngriku inggih nama kalêrêsan, awit rêdi-rêdi wau lajêng botên kêtingal malih, amargi kêtutupan ing mega, anandhakakên, bilih tanah waradin ing ngajêng ngrika jawah. Dados kala punika ing ngriku wiwit môngsa jawah. Upami dumugi kula sadaya ing ngriku lêt saminggu malih, sampun tamtu kula sadaya botên sagêd nyabrang lèpèn, ingkang ilinipun tamtu lajêng santêr sangêt, ananging sapunika panyabrangipun gampil kemawon, lêbêting toya botên nate langkung sadhêngkuling unta ingkang dipun tumpaki.

Sadumugining pinggir lèpèn sisih ngrika, kula sadaya lajêng sami rêmbagan, kadospundi akalipun ing samangke, amargi samangke kula sadaya sampun dumugi laladaning nagarinipun bôngsa Fung, lan bêbaya ingkang saèstu mênggahing kêkesahan punika wiwit badhe andhatêngi. Kintên-kintên têbihipun wontên sèkêt pal saking ngriku dunungipun têtiyang Mur, ananging kadospundi akalipun lumampah sèkêt pal wau kanthi wilujêng. Kula sadaya ugi ngajak Shadrach supados tumut ngrêmbag bab punika, lan jalaran saking panêdha kula, piyambakipun lajêng nyariyosakên kadospundi kawontênanipun.

Wicantênipun pun Shadrach: ing ngrika ugi padununganipun têtiyang Abati ingkang botên kenging dipun asorakên, ananging papan wiyar ing sangajêngipun ngriku, ingkang dipun wastani Ebur, punika gadhahanipun têtiyang bôngsa Fung ingkang dèrèng sumêrêp tata, petanganing prajuritipun ing ngriku, punika sadasa ewon, nagari karajanipun wontên ing sacêlakipun brahala sela, ingkang kadosdene brahalanipun ugi nama Harmac.

Propesor Higgs nyêla ginêm sajak sênêng manahipun: Harmac kuwi têgêse Harmachis, yaiku dewaning dina, mêsthine wong Fung kuwi asline saka bôngsa Mêsir kuna, utawa kira-kirane, loro-lorone asal saka bôngsa siji.

Kapitan Orme wicantên: yah, sing mangkono kuwi, kalane ana ing Londhên wis kocaritakake mênyang aku kabèh. Carita kuna mangkono kuwi bok kosimpên dhisik nganti besuk, samono kuwi yèn aku kabèh isih padha urip. Bokbèn saiki Shadrach ambanjurake katrangane dhisik.

--- 220 ---

Shadrach lajêng anglajêngakên aturipun makatên: kitha punika, ingkang têtiyangipun kintên-kintên wontên sèkêt èwu, punika anguwasani lêlêngkèhing rêdi, ingkang kêdah kula langkungi, murih sagêdipun dumugi ing Mur. Lan bokmanawi inggih makatên punika prêlunipun dene kitha Harmac dipun dêgakên wontên ing ngriku.

Orme pitakèn, punapa botên wontên margi sanèsipun, jalaran kala pangkatipun grombolan wau saking Abati mudhun dhatêng jurang punika mawi dipun kèrèk. Ananging Shadrach wicantên, sanadyan ingkang makatên wau pancèn lêrês, tiyang Abati botên anggadhahi kèrèkan satunggal-satunggala, ingkang kenging kangge ngèrèk unta samomotanipun minggah.

Orme samangke lajêng pitakèn, punapa botên wontên margi sanèsipun, ingkang ngubêngi rêdi-rêdi wau. Shadrach amangsuli, bilih margi punika inggih pancèn wontên, ananging ing môngsa kados punika, margi wau botên kenging dipun ambah, jalaran wingkinging rêdi-rêdi ing nagari Mur ênêripun punika wontên talaganipun agêng, inggih punika ingkang dados sirahipun lèpèn Ebur, dene lèpèn wau cawang kalih, angubêngi tanahipun têtiyang Fung wau. Tamtunipun talaga wau samangke jalaran saking kathahing jawah, ingkang dhumawahipun sampun wiwit wontên ing Aprikah sisih lèr: bêna, saha papan-papan antawisipun talaga lan rêdi punika botên sanès namung rawa-rawa ingkang botên kenging dipun sabrangi.

Kapitan Orme dèrèng narimah, saha nêdha katrangan, punapa kula sadaya botên sagêd mènèk jurang wau, manawi kula sadaya sami mandhap saking panumpakipun unta. Wangsulanipun, inggih sagêd manawi kula sadaya ugi purun ambucal momotanipun sadaya.

Orme wicantên: bab kuwi ora prêlu dirêmbug manèh, jalaran sing prêlu dhewe iya mung momotan kuwi. Critakna bae kanthi cêkak, bisane aku kabèh nrajang barisaning wong Fung tumêka ing Mur kanthi slamêt.

Shadrach amangsuli: o, Tuwan Orme, ingkang kenging dipun lampahi, punika namung wontên satunggal, samantên punika manawi Allah aparêngakên. Inggih punika manawi siyang umpêtan, manawi dalu lumampah. Ing dintên benjing-enjing, miturut adat tatacaranipun tiyang Fung, ing wanci punika sataun-taunipun, ing kitha Harmac ngawontênakên pahargyan agêng, saha ing wanci enjing ngaturakên kurban dhatêng brahalanipun. Sasampunipun srêngêngê sêrap, têtiyang wau sami nêdha lan ngombe saha abingah-bingah. Têtiyang ingkang sami jagi lajêng sami dipun undangi supados sami tumut sênêng-sênêng. Jalaran saking punika, pangetang kula anggèning kêkesahan punika, supados kula sadaya dumuginipun ing ngriki sagêd anglêrêsi nuju wontên pahargyan. Ingkang punika, saking pitulunganing Pangeran, ing wanci dalu kula sagêd anglangkungi Harmac saha enjing dumugi ing pungkasaning lêlêngkèh, ingkang tumuju margi dhatêng Mur. Kajawi punika kula badhe nyukani tôndha dhatêng sadhèrèk-sadhèrèk kula bôngsa Abati, bilih kula sadaya sampun wontên ing ngriku, prêlunipun murih têtiyang wau sagêd sami mitulungi, manawi kula sadaya pancèn bêtah dhatêng pitulungan.

Orme pitakèn: patrapmu kapriye.

Kanthi anudingi pintên-pintên têtanêman garing saha gaganging alang-alang ingkang rapêt sangêt, Shadrach wicantên makatên: inggih sarana ambêsmi alang-alang punika. Ingkang makatên punika kula sampun sarêmbag kalihan têtiyang wau, pintên-pintên nulanwulan. sapriki, ing sadèrèngipun kula sadaya pangkat saking Mur. Dene manawi têtiyang Fung sumêrêp, tamtunipun namung badhe angintên, bilih ingkang makatên punika jalaran kabêsmi dening juru misaya ulam ingkang kasasar mriku.

Orme ngangkat pundhak saha wicantên makatên: iya Shadrach, kowe amêruhi kaanane ing kene lan uwong-uwonge, ing môngka aku kabèh ora, dadi aku kabèh iya kêpêksa anglakoni apa pituturmu. KanangingAnanging. aku kudu ngandhakake, yèn bôngsa Fung sumêdya matèni aku kabèh iki, samono kuwi yèn nganti bisa kalakon, aku ngarani yèn niyatmu mau ambêbayani bangêt.

Shadrach mangsuli sajak anggêgujêng: inggih mila ambêbayani, ananging kula ngintên, bilih têtiyang Inggris punika dede bôngsaningbangsaning. tiyang jirih.

Propesor Higgs anyêlani wicantên kanthi swara kêmèng, makatên: wong jirih, kaparat. Genea kowe wani kôndha kang mangkono kuwi. Kowe wêruh wong iki, (lan piyambakipun anudingi Sêrsan Quick, ingkang kala punika ngadêg jêjêg, angiringakên anggènipun pabênan wau. Lan mèh mangrêtos sadaya, punapa ingkang sampun kêlampahan), wong iki mung sor-soran bae, ewadene aku bisa kôndha mênyang kowe, yèn kêkêndêlanmu utawa kêkêndêlane wong Abati kabèh, ora madhani jênthike dhèwèke.

Sampunipun lajêng saluwir kalihan grunang-grunêng lirih: mugi-mugi makatêna: bandara.

Shadrach mangsuli botên tata, amargi piyambakipun sêngit sangêt dhatêng Propesor Higgs, lan Propesor Higgs ugi sumêrêp, bilih Shadrach punika satunggiling bajingan, kala-kala ugi ngêdalakên wicantênipun ingkang nyêngit dhatêng Shadrach. Wicantênipun pun Shadrach: panjênêngan punika pancèn umuk Tuwan Higgs, bilih panjênêngan punika sampun dhawah ing tanganipun tiyang Fung, kula sadaya badhe nyumêrêpi pundi ingkang lêrês.

Quick wicantên kanthi amikir: punapa kula kaparêng nêmpiling sirah-sirahipun sakêdhik kemawon.

(Badhe kasambêtan)

--- [221] ---

Ôngka 12, 19 Ruwah Taun Jimakir 1858, 11 Pèbruari 1928, Taun III.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan SabdhuSabtu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Wêwangunaning Candhi ing Bali

[Grafik]

Ing nginggil punika griya padewan ing Pèjèng, kêbak wêwangunan kina.

--- 222 ---

Raos Jawi

Kawruhipun Tiyang Sêpuh

Mênggah kawruh sêpuh ingkang badhe kula andharakên ing ngriki, sanès kawruh sêpuh ingkang limrahipun dados gêgêbênganipun bôngsa kita Jawi ingkang sok kawastanan ugi ngèlmu kasampurnaning pêjah, ananging ngèlmi sêpuh, cara Jawi Wetanan: êndhèk-êndhekan, tumrap bôngsa kita Jawi ingkang taksih sakêdhik sêsêrêpanipun kados kula punika saha ingkang prêlu nyumêrêpi.

Manusa kala dèrèng diwasa, wiwit: bayi, lare, diwasa lan sapiturutipun, punika masthi badhe nglampahi dados sêpuh. Bayi manawi sampun mindhak sêpuh dados lare, lare mindhak sêpuh dados diwasa, makatên salajêngipun ngantos dumugi sêpuh thuyuk-thuyuk. Sarèhning sadaya manusa punika sangsaya lami botên saya ênèm, ananging mandar sangsaya sêpuh, pramila bab anggènipun dados sêpuh ugi kêdah nyumêrêpi ngèlminipun sêpuh, paribasan sampun ngantos sinêbut: tuwa tuwas, prêlunipun supados saya lampah ingkang masthi dipun tindakakên botên tuna dungkap utawi sawatawis sagêd ngènthèngakên tumrap awrating sêsanggèn. Tiyang sêpuh ingkang taksih ngangge ngèlmunipun lare, kawastanan: kapilare, punika sok dipun ewani dening sasaminipun, amargi botên nêtêpi dhatêng sêpuhipun.

Manusa punika sangsaya sêpuh ingkang limrah botên sangsaya sakeca, ananging sangsaya rêkaos, amargi têtanggêlan utawi kuwajibanipun sangsaya mindhak kathah tur awrat. Kathahing têtanggêlan saha kuwajiban, awrating sêsanggèn ingkang mêsthi dipun tindakakên, punika manawi cotho utawi botên mangrêtos ngèlminipun, sagêd andadosakên wêwah rêkaos saha awratipun, malah sok dados rubeda.

Bayi utawi lare punika taksih kawêngku dening bapa biyung, ananging bilih sampun mindhak sêpuh dados diwasa, punika manut pranataning donya kêdah lajêng pisah saking wêwêngkoning tiyang sêpuh têgêsipun kêdah sagêd nyêkapi punapa ingkang dados kabêtahaning badanipun piyambak tanpa pitulunganing bapa biyungipun. Manusa wiwit diwasa ingkang waunipun namung mikir kabêtahan tumrap badanipun piyambak, lajêng wêwah mikir kabêtahanipun: rayat, anak, putu lan sasaminipun ingkang masthi dados kuwajiban salêbêting wêwêngkonipun.

Mênggah sakathahing kuwajiban tumrap para manusa wiwit diwasa ngantos dumugi sêpuh thuyuk-thuyuk, urut-urutanipun kenging katata ingkang ringkês, makatên: 1. bab gêgriya, 2. mêngkoni rayat, 3. dhatêng anak, lan 4. sanès-sanèsipun ingkang kalêbêt dados wêwêngkon. Ing salêbêtipun nindakakên kawan prakawis ing nginggil, kêdah asêsarêngan nindakakên kuwajiban ingkang ôngka kalih inggih punika: 1. tumrap dhatêng bapa biyung lan marasêpuh, 2. dhatêng sanak sadhèrèk, 3. pranataning mêmitran utawi tôngga têpalih, lan

--- 223 ---

4. pranatan udanagari.

Mênggah sakathahing kuwajiban lan pranatan wolung prakawis ing nginggil, sagêdipun tumindak namung sarana bôndha yatra lan ngèlmi utawi kawruh. Bab yatra ingkang kangge wragad, manawi anggènipun ngupados tanpa ngèlmi, kajawi èwêd pikantukipun inggih sok lêpat marginipun, makatên ugi sanajan sampun gadhah yatra, ing môngka anggènipun ngêcakakên ngawur tanpa kisruh,kawruh. tartamtu inggih lajêng muspra ing wusana botên kalêksanan ingkang sinêdya.

Wondene ngèlminipun gêgriya, prêlu sangêt dipun sumêrêpi, ingkang dados jêjêr: murih griya punika sagêd mathuk tumrap kasarasaning badan, bab sae lan asrining tiningalan, punika namung kadamêl prakawis kaping kalih.

Dene bab: rayat, ingkang sampun mangrêtos ing ngèlminipun, jujuganing pamilih sanès endahing warni, ananging ingkang katitipriksa rumiyin bab kasarasan, wêwatêkan saha kapintêranipun, dene prakawis sanès-sanèsipun namung kaanggêp imbêt kemawon. Pamêngkunipun dhatêng rayat, nêtêpi ingkang nama: jodho utawi timbangan, paribasan sakit satunggil sakit tiyang kalih, satunggil-satunggilipun mangrêtos dhatêng kuwajibanipun.

Bab anak, punika sami-sami ngèlmi, rumpil saha gawat sangêt. Jêjêr ingkang prêlu dipun sumêrêpi, bilih Gusti Allah anggènipun nitahakên manusa punika: sae, tanpa kuciwa, suci manahipun. Wontênipun manusa lajêng dados asor utawi luhur, awon saening wêwatêkan lan sapanunggilanipun, punika namung gumantung ingkang dados lantaran, inggih punika bapa lan biyungipun. Nglêngkara sangêt manawi Gusti Allah ingkang maha luhur, maha suci, maha... maha sadayanipun, yêyasanipun sagêd kuciwa, awon, asor sapiturutipun. Sawêg dêdamêlanipun sasami manusa kemawon ingkang tanpa: maha, kados ta: para prophesor, Ir. Dr. Mr. lan para pinunjul sanèsipun, punika sadaya sampun kenging dipun wastani mèh tanpa cacad, têgêsipun kathah saenipun, beda kalihan barang padamêlanipun manusa ingkang taksih bodho. Sawênèhing bôngsa kita Jawi taksih kathah ingkang mastani kanthi mantêping manah, bilih awon saening manusa punika sampun pinasthi ing sadèrèngipun tumitah ing ngalam donya, tuwin sampun botên kenging kaewahan malih. Ingkang makatên punika mujudakên kirang santosanipun anggèning nênuntun utawi anggulawênthah dhatêng anak supados dados sae kalakuan utawi sanès-sanèsipun. Manahipun sok kêmba, jalaran pangintênipun: sanajan dikayangapa bae anggone marsudi, yèn wis tinakdir ala iya dadi ala, makatên sasaminipun. Takdir punika pancèn kêdah kita pitados sangêt, ananging kadospundi êmpan saha jalèntrèhipun kita kêdah mangrêtos.

Prakawis ingkang kalêbêt dados wêwêngkon: tiyang sêpuh utawi sanak sadhèrèk, rencang, ingkang sadaya kabêtahanipun dados tanggêlan, limrahipun inggih nunggil sagriya. Rencang utawi abdi punika sanès pirantos, nanging inggih manusa sasami, sanak sadhèrèk kaurut nèm sêpuhipun, [sêpuh...]

--- 224 ---

[...ipun,] dene tiyang sêpuh pamêngkunipun gandhèng lan wujuding tumindakipun angabêkti.

Wondene kawan prakawis ingkang tumindakipun asêsarêngan kalihan ingkang sampun kapratelakakên ing nginggil punika, 1. dhatêng bapa biyung lan marasêpuh, sadaya patrap ingkang katindakakên adhêdhasar: sumungkêm, 2. dhatêng para sanak sadhèrèk kêdah mangrêtos ingkang kaprênah ênèm utawi sêpuh, tuwi-tinuwi, sakathahing patrap adhêdhasar tulung-tinulung, paribasan manawi kathah sadhèrèk punika inggih langkung kiyat, 3. pranatan dhatêng pawong-mitra utawi tôngga têpalih: punika ing bab sêsrawunganipun, sampun ngantos kêrakêtên, kêdah kadamêl samadya kemawon, tulung-tinulung inggih tuwi-tinuwi, sadayaning lampah adhêdhasar botên ambedakakên. Ingkang kaping 4 bab pranatan udanagari, punika kêdah langkung mangrêtos tata utawi caranipun, sadaya patrap kalampahakên adhêdhasar botên narajang ing awisan.

Kawruh sêpuh punika sadaya tiyang kêdah mangrêtos, awit masthi badhe ngambah wontên ing ngalam kasêpuhan. Sintên ingkang ngambah ing satunggiling margi utawi laladan ingkang taksih dèrèng sumêrêp lêkak-lêkiking kawontênanipun ing ngriku, masthi sok manggih kapitunan.

S.m.r. Siswamiharja.

Pasuruan.

Ekonomi

Ulam Kutuk

Sami-sami ulam loh ing toya tawa, tumrapipun ing tanah Indhiya ngriki, ingkang mèh sabên nagari wontên, punika ulam kutuk. Mênggah ulam kutuk gêsang wontên ing kalèn, lèpèn, dene ingkang pinanggih kathah piyambak wontên ing rawa-rawa.

Limrahipun ulam kutuk punika botên dipun ingah ing tiyang, awit sagêd ngrêbda piyambak wontên ing toya ingkang papanipun wiyar, lan makatên malih, mênggahing ulam kutuk, manawi dipun ingah tunggil lan ulan sanès bôngsa, sagêd mênangan piyambak, purun môngsa ulam alit-alit ingkang tunggil sapanggenan, mila ingkang kathah ulam kutuk punika manggènipun namung anggrombol nunggil sapanggenan, limrahipun ing rawa.

Kutuk punika ingkang agêng sagêd ngantos sakempoling tiyang sêpuh, nanging ingkang sampun samantên wau raosipun sampun botên eca, tinimbang gurihipun, kathah sêpanipun, ulam kutuk punika pancèn golonganipun ulam ingkang botên eca, nanging mênggahing nyatanipun, ulam wau tumrapipun kangge padagangan, malah katingal majêng piyambak, dening lêmês kenging dipun reka-reka tuwin kenging kasimpên lami.

Ing tanah Jawi Kilèn, ulam kutuk punika panyadenipun wontên ing pêkên-pêkên dipun wadhahi ing kranjang rapêt isi toya, dados taksih gêsang, manawi wontên ingkang tumbas sawêg dipun pêndhêt, wontên ingkang ngantos rêgi mitung kêthip. Limrahing [Limrah...]

--- 225 ---

[...ing] pangolahipun kangge duduh-duduhan. Malah tumrapipun tiyang Jawi Kilèn, kenging dipun wastani karêm dhatêng ulam wau, ngawonakên dhatêng ulam rawa sanès-sanèsipun, kados ta: lele, bêthok tuwin sanès-sanèsipun, limrahipun aslining ulam wau saking rawa ingkang pancèn dipun piyara ulamipun, mila kathahipun ulam rawa ingkang dipun sade wontên ing pêkên, ngantos wontên papanipun piyambak.

[Grafik]

Tumrap nagari-nagari ingkang awis toya, bilih nuju ing môngsa katiga, tamtu kathah ulamipun kutuk, awit nagari ingkang kados makatên wau, adhakan wontên toyanipun ingkang ngêbêng ngantos dumugi ing môngsa katiga, dangu-dangu lajêng asat. Samôngsa asat, ing ngriku wancining usum ulam kutuk. Kados ta ing lalandan kabupatèn Lamongan tuwin Dêmak, punika manawi nuju usum ulam kutuk, ing pêkên-pêkên kathah sangêt tiyang ingkang sade, nanging limrahipun sampun dipun lêngkur, inggih punika kutuk wau dipun panggang, kulitipun ngantos garing, dangu-dangu dagingipun ing nglêbêt ngantos kraos koplak. Ulam ingkang sampun dipun angge makatên wau kuwawi dipun rimati ngantos dangu, nama namung simpên ulam taksih badhe, awit kenging taksih dipun olah malih manut sakajêngipun ingkang ngolah.

Wontên malih ingkang dipun krese, inggih punika dipun dhèndhèng, dipun pêcaki sarêm saha dipun pe, punika dadosipun sagêd ngindhakakên gurihing ulam, nanging ingkang purun nindakakên makatên wau tumrapipun têtiyang siti saksat namung sambèn kemawon, bokmanawi taksih wêgah dhatêng waragad panumbasing sarêm, utawi inggih jalaran dèrèng sumêrêp dhatêng caraning pandamêlipun ulam asin.

Ing môngka mênggah salugunipun, asinan ulam kutuk punika sawênèhing padagangan ingkang agêng sangêt, mèh ing sabên nagari tamtu wontên ingkang sade, inggih punika ingkang dipun wastani balur kutuk, ingkang sade bôngsa Tiyonghwa. Dene wontênipun ing bôngsa Tiyonghwa balur wau dados padagangan [pa...]

--- 226 ---

[...dagangan] ingkang pêng-pêngan sayêktos, awit mèh sabên tiyang nêdha balur, saya tumrapipun para sadhèrèk padhusunan, bangsaning balur punika ngantos dipun anggêp dados lawuh baku, awit sakêdhik kemawon sagêd nyêkapi kangge lawuh nêdha.

Salugunipun tumraping têtiyang siti, dhatêng kawontênaning padagangan ingkang kinintên sapele, nanging lugunipun mikantuki, malah kenging dipun wastani angosok-wangsul dhatêng pangintênipun wau, kathah sangêt. Ingkang sampun kêtingal inggih ulam kutuk wau, têtiyang siti dèrèng sagêd anindakakên dadosipun padagangan ulam asin, nanging inggih sampun lowung dene sampun sagêd tumut ngêmori nênêmpil sumêrêp raosing among dagang sawatawis, sukur bilih dangu-dangu saya sumêrêp dhatêng lampahing pangupajiwa, awit punapa kemawon, pundi ingkang nama pamêdal, punika inggih dados padagangan.

Kawruh Warni-warn

Gugon-tuhon punika pêpalang agêng

Gugon-tuhon punika, têgêsipun anggêga utawi mituhu dhatêng kawontênan lôngka, ingkang dipun anggêp wontên yêktos, upaminipun anganggêp dhatêng kawontênaning lêlêmbat, lêmah sangar, kayu aèng sapanunggilanipun.

Manawi dipun manah makatên, sayêktosipun gugon-tuhon punika pinanggih wontên ing nagari pundi-pundi, tuwin mèh sabên bôngsa inggih gadhah gugon-tuhon. Dados manawi dipun pirid saking kêlimrahipun wau, gugon-tuhon punika tuwuhipun malah sampun ngrumiyini, mila pundi nagari ingkang têtiyangipun taksih kandêl gugon-tuhonipun, inggih dèrèng dipun wastani majêng.

Salugunipun gugon-tuhon punika kêrêp adamêl kapitunanipun tiyang kathah, botên ngêmungakên kapitunaning arta tuwin bôndha, ugi kapitunan anggening arta tuwin bôndha, ugi kapitunan anggening kecalan ngakal budi, dados ngakal budinipun wau ingkang dipun kawonakên dening gugon-tuhon. Môngka sasagêd-sagêd, ngakal budi punika malah ingkang wajib tumindak kangge mêcah pêpêtênging gugon-tuhon, upaminipun makatên: manawi wontên pawartos ingkang nyêbal saking nalar, kados ta lare dipun gondhol ing wewe, punika lajêng sampun anggêga kemawon, kêdah lajêng dipun gathukakên kalihan nalaripun, gathuk punapa botên. Sintên ingkang sampun sumêrêp dhatêng warnining wewe, lan yèn wontêna, dunungipun wontên ing pundi, lan prêlunipun andhêlikakên punika kintên-kintên badhe kangge punapa. Manawi sakintên kanalaran ingkang kados makatên wau botên sagêd gathuk, tamtunipun inggih botên nyata, dene prakawis icaling lare, kenging dipun pitados, nanging sasampunipun pinanggih, punapa inggih nyata pun lare dipun dhêlikakên wontên sangandhaping kopèk wewe kados cariyosing têtiyang kathah, kintên-kintên inggih botên, icalipun tamtu [ta...]

--- 227 ---

[...mtu] jalaran saking bingung kêplantrang ing lampah tuwin nalar sanès-sanèsipun.

Ingkang tansah andadosakên pamanahan, punika mênggah anggèning têtiyang kathah rêmên nêtêpakên wartos ingkang lugunipun namung saking gêthok tular, trêkadhang malah lajêng dipun wêwahi ingkang saya langkung elok.

Lan malih tumrap tuwuhing kapitunan, punika mèh kêlimrah, ingkang botên mangrêtos lajêng dados têdhanipun ingkang mangrêtos, kados ta manawi wontên wêwarnèn ingkang anèh sakêdhik kemawon, upaminipun pisang atuntut anjêbos uwit, tiyang lajêng amastani Bok Dana Murah aliyas Blorong, ingkang dhatêng lajêng andalidir sami nyukani sêkar borèh tuwin arta, ingkang wusananipun dados meliking tiyang ingkang gadhah wit pisang. Ingkang makatên punika taksih akalan kasar, wontên malih ingkang botên ngantos kênyana, nanging wantuning akalan, inggih lajêng nêmahi manggih pidananipun, cariyosipun makatên:

[Grafik]

Dhuh Nyai Dana Murah, punika pisang ayu, sêkul wuduk ulam lêmbaran, kula nyuwun sugih. Ucap makatên punika salugunipun namung lalawora.

Nuju rame-ramening pagêblug kolerah, ing sawênèhing nagari têtiyangipun sami giris, dening wontên wartos, sintên ingkang kadhatêngan kolerah lajêng dipun ukur badanipun, tamtu lajêng ical nyawanipun. Dene wujuding kolerah wau tiyang-tiyang mangangge sarwa pêthak barukut, tanganipun mawi ambêkta siwur, siwur wau ingkang kangge ngukur.

Saking girisipun, têtiyang lajêng rêrêmbagan, manawi dalu ngajak kalêmpakan dados satunggal, supados botên kadhatêngan kolerah, ugi kêlampahan wontên satunggaling papan ingkang kangge kalêmpakan, manawi dalu sabawanipun tiyang rêmbagan ngantos gumrênggêng.

Sarêng sampun sawatawis dalu, nuju lingsir dalu, yêktos, jêdhul wontên kolerah kêtingal, lampahipun sakeca murugi dhatêng panggenaning têtiyang ingkang sami tilêm, saha lajêng dipun ukuri plak-plêk, ingkang taksih mêlèk inggih malah reka-reka tilêm, labêt saking ajrih, wusana kolerah lajêng kesah, nanging botên adamêl [ada...]

--- 228 ---

[...mêl] pêjahipun ingkang sami dipun ukur. Dangu-dangu kapurunanipun kolerah saya mindhak, tiyang taksih mêlek inggih lajêng dipun ukur purun kemawon, lan dangu-dangu malah lajêng kathah tiyang alok kecalan. Ing ngriku wiwit wontên tuwuhing panggraita kalêbêtan durjana julig, saha nêdya badhe dipun nyatakakên. Yêktos, sarêng dalu nalika pun kolerah dhatêng, wontên ingkang namatakên, sarampunging ngukur, sarêng kolerah badhe oncat dipun kodhol, nanging mêksa kêtingal kemawon, inggih lumampah kados tiyang limrah, tiyang ingkang ngodhol saya mêmpêng. Wusana pun kolerah mlangkah pagêr temboking capuri pakuburan, ugi dipun tututi, kolerah sampun botên sagêd angoncati malih, saha lajêng andheprok tuwin wicantên: kula tiyang sayêktos, sanès lêlêmbat. Tiyang ingkang ngoyak saya grêgêtên, badaning kolerah kamanusan lajêng dipun galedhah, jêbul pinanggih wontên udhêngipun kathah, wasana pun cidra amanggih pidananipun.

Mênggahing têtelanipun, tiyang punika wajib sangêt kêdah nyingkiri gugon-tuhon, awit mênggahing tiyang pancènipun botên prêlu ngawontênakên gugon-tuhon, awit mênggah lêpasing budi, punika sampun botên kasamaran dhatêng kawontênan ingkang sanyata, dados saupami taksih sagêd kataman kawontênan ingkang kados makatên, nandhakakên bilih pangulahing budinipun tansah taksih kandhêg wontên ing pêpêtêng, tangèh sumêrêpa dhatêng ingkang dipun wastani manah padhang, tuwin gadhaha panjôngka punapa kemawon, inggih tangèh kalêksananipun.

Cariyos Wigatos

Kawontênanipun Sophyèt Ruslan ingkang Sajati

Candhakipun Kajawèn ôngka 11

VI.

Pêthikan saking Sêrat Kabar A. I. D.

Gugur-gunung tuwin pajêg

Jalaran antawisipun ing taun 1913 lan 1927, inggih punika antawisipun taun 1919 lan 1922, punika buku sêtatistik (buku cathêtan) botên anyêbutakên punapa-punapa, amargi kala punika têtiyangipun sami kakirangan têdha. Ananging Tuwan Baars lajêng anêksèni piyambak, kadospundi awoning kadadosanipun jalaran saking gegeran saha pranatan makatên wau, tumrap tanah-tanah, ingkang têtanènipun gumantung dhatêng siti ingkang sagêd koncoran ing toya.

Sadaya yêyasan, ingkang tansah kêdah dipun upakara, [u...]

--- 229 ---

[...pakara,] sami risak. Ingkang sampun-sampun saha samangke, yêyasan wau ingkang kathah lajêng dipun dandosi malih sarana gugur-gunung, sampun mêsthi sarêng paprentahanipun ical, lajêng botên wontên tiyang satunggal-satunggala ingkang sami purun nyambutdamêl mriku. Ing ngriku pambrontakan ngatingalakên trangginasipun anggèning sakêdhap kemawon sagêd ngrisak dêdamêlaning tiyang, ingkang panggarapipun kanthi sabar pintên-pintên taun laminipun. Ing taun 1921 dèrèng wontên sapradasanipun siti-siti ingkang kabagian toya, namung pasabinan ingkang dunungipun cêlak kalihan wadhuk-wadhuk ingkang dèrèng risak babarpisan, punika ingkang sagêd angsal toya sawatawis, ing ngriku têtiyang lajêng sami nanêmi gandum, prêlunipun sakêdhik-sakêdhik sagêda nêdha, lan salajêngipun botên wontên tiyang ingkang amanah sumêdya nanêm kapas.

Kawontênanipun ing panggenan irigasi ingkang agêng-agêng, botên langkung sae, malah kadhang-kadhang sok langkung awon.

Inggih lêrês, bilih yêyasan-yêyasan pondhêmèn, salêbêtipun sawatawis taun dipun lêmparakakên punika botên sami risak, ananangingananging. susukan-susukan ingkang sami mlêsêk botên sami dipun upakara, dados ilining toya inggih lajêng namung sakêdhik. Kajawi punika botên wontên tiyang ingkang purun amêrduli dhatêng ilining toya, janji sitinipun piyambak sagêd kilenan toya, punika sampun cêkap. Jalaran saking punika kawontênaning siti-siti irigasi ingkang agêng ing sakidulipun Paschkent lajêng malih dados rawa, ingkang jalaran saking pangridhuning lêmut saha sêsakit malariah anglangkungi awonipun tinimbang ing empang-empang ing tanah pasisir lèripun tanah Jawi. Upami têtiyang Indhiya sumêrêp kawontênanipun ing ngriku, kadosdene ingkang dipun sumêrêpi dening Tuwan Baars kala ing taun 1921, Tuwan Baars gadhah pangintên, bilih têtiyang wau sakêdhap lajêng sami tuwuh gagasanipun saha kanthi kuwatos ing manah sami rêraosan, sapintên agênging bêbayanipun tumrap tanah-tanahipun piyambak, upami irigasinipun ngantos karisak kados makatên punika.

Malah ing sapunika, ingatasipun kawontênan ingkang rumiyin-rumiyin sampun dipun dandosi malih, lan amtênar-amtênar watêrsêtat sampun ngulat-ulatakên malih kawontênanipun irigasi, saha pangrèh dhusun kajibah ambantu amtênar-amtênar wau, ewasamantên inggih mêksa taksih wontên lampahan-lampahan ingkang botên lêrês ingkang adamêl pitunanipun para tani sadaya. Kala tanggal kaping 29 Nopèmbêr wontên sêrat kintunan saking kokasês dhatêng sêrat-sêrat kabar Sophyèt ingkang isi pangangluh kados ing ngandhap punika:

Anggènipun pakaryan, irigasi yasa wangan sêmpalan saha wangan dhusun punika dipun lêmparakakên, sabên tiyang sagêd mêndhêt toya saking wangan agêng saangsalipun kemawon, pranatan toya botên wontên babarpisan. Manawi wontên sagolonganing tiyang tani adamêl ilèn-ilèning toya kaprênah nginggil, pasabinan-pasabinan ing ngandhap ujug-ujug lajêng botên angsal toya, kajawi punika sitinipun enggal sangêt angêmur sarêm, jalaran botên wontên tiyang ingkang amarduli dhatêng ilining toya.

--- 230 ---

Ingkang makatên punika satunggiling idham-idhamanipun têtiyang ingkang tansah mikir dhatêng badanipun piyambak, murih anyêkapi dhatêng kabêtahanipun sarana adamêl karugianing sanès. Samangke têtela, bilih sadasa taun sasampunipun wontên gegeran, taksih wontên têtiyang ingkang makatên padatanipun, inggih punika purun nyolong panggêsanganing kenca-kancanipun,kônca-kancanipun. inggih sami-sami têtiyang tani kadosdene piyambakipun piyambak. Kajawi punika panggarapipun siti ingkang tanpa pranata wau, anjalari salêbêtipun sawatawis taun sitinipun dados risak babarpisan amargi saking sarêm. Ingkang makatên punika satunggiling alangan ingkang agêng sangêt tumrap pasabinan-pasabinan ingkang pikantuk toya ing tanah Ruslan. Siti ing tanah ngrika punika kathah sarêmipun, pintên-pintên èwu taun ingkang kapêngkêr, siti wau sajatosipun dhasaring sagantên, Asiah ingkang sisih têngah, ingkang dangu-dangu lajêng dados garing, saha samangke ingkang taksih awujud sagantên namung kantun sagantên, Kaspi lan sagantên, Aral saha sagantên kalih-kalihipun wau kathah sarêmipun. Dene manawi siti wau anggènipun ngêlêbi toya kêkathahên, ananging kirang anggènipun ngilèkakên, punika sarêm ing siti sagêd lajêng campur kalihan toyanipun ingkang wusananipun lajêng ngukus wontên ing pasabinan, saha salêbêtipun sawatawis taun sarêm wau lajêng apêprongkolan wontên ing siti, awarni pêthak tuwin gilap. Pasitèn pêthak ingkang makatên punika, ingkang sitinipun sampun risak babarpisan, sampun kasumêrêpan dening Tuwan Baars kala ing taun 1921 pintên-pintên kathahipun. Lan sanadyan kadadosanipun ing pundi-pundi botên kasangêtên makatên, ewadene sitinipun inggih mêksa saya awon, jalaran saking minggahing sarêm amargi anggènipun ngêlêbi toya saha ngilèkakên wadu kirang sagêd. Têtanèn wontên ing pasitèn, irigasi, punika padamêlanipun gêgayutan kalihan tiyang kathah, beda kalihan pananêmipun gandum cara Rus, ingkang lêpating tindak saha katledhoraning satunggal-satunggalipun tiyang, namung dados têtanggêlanipun piyambak. Ananging pangêlêbipun pasabinan jalaran saking lêpating tindakipun tiyang satunggal kemawon, sagêd adamêl kacilakanipun pintên-pintên dhusun, amila tindaking pranata kêdah dipun kêncêngi.

Tumraping tanah-tanah Turkistan saha Kokasus, kalanipun pangêlêban toya ingkang saperangan agêng risak, têtiyangipun taksih sagêd wilujêng saking bêbaya kirang têdha, dening anggènipun anggarap siti parêdèn, amargi ing ngriku tanêman gaga taksih sagêd gêsang. Siti ing ngriku kirang sangêt tiyangipun, amila ing parêdèn-parêdèn tiyang taksih sagêd amanggih siti mluwa ingkang kenging dipun garap. Ananging tumrap tanah Indhiya, ingkang sampun kathah sangêt têtiyangipun, saha pangulahing têtanèn mèh sadaya gumantung dhatêng kawontênanipun irigasi, punika kisruhing nagari dening wontênipun gegeran ingkang anjalari risaking irigasi, badhe andamêl pêjah saha kaluwèn dhatêng têtiyang sabagian agêng.

(Badhe kasambêtan)

--- 231 ---

Jagading Wanita

Ulahraga

[Pangkur]

ing sayêkti tan prabeda / panduming Hyang kang gumadhuh mring èstri / tan kadi tatèng kapungkur / ing lumrahing pangira / èstri iku sarwa ringkih ananipun / tan sayogya yèn nulada / kadya sacaraning laki //

[Grafik]

saya tan pisan kasrambah / mring caraning ngudi sarasing dhiri / kang ingaran sêport iku / yèku ulahing raga / kang ngêngudi murih angga bakuh kukuh / têmah mawèh kasarasan / mring angga gêng mikantuki //

amung jatining pangrasa / sanggyèng janma yêkti wus nyumurupi / lamun wanodya puniku / uga darbe karosan / apan kabèh wanodya ingkang tinêmu / wignya ngangkat barang karya / tan pae rosaning laki //

ananging kang wus kêlumrah / mung tumrap mring bangsaning èstri langip / yèku golonganing buruh / nèng madyèng pasasaran / yèn wanodya kang ginolong mèrêk alus / maksih lôngka kêlakona / tumindak tatèng pangudi //

beda lan kaananira / para kênya kang wus limrah pinanggih / anèng Eropah puniku / wiwit dèrèng diwasa / wus ginulang mrih talatèn dadya atul / kulina mring ulahraga / malah kang kawarnèng tulis //

wênèh ing kênya pêparab / nonah Hudson kêgolong bôngsa Inggris / lan mitrane uga wadu / nonah Gleitze ranira / karo pisan sêdyanira nabrang laut / nèng supitaning Gibraltar / sinangkan sing Tangêr nagri //

panyabrangira mung lawan / karosaning angga sarana nglangi / dene ta ing têbihipun / kang arsa sinabrangan / tigang dasa nêm kilo mètêr ngêlangut / marma dupi kadêngangan / dening para kang Arabi //

dahat kampitèng tyasira / sêmu cingak wusana wacana ris / sêdyanta makatên iku / yêkti wèh kagawokan / nadyan tumrap kêlumrahing janma jalu / tan ana pisan kêduga / nabrangi agunging warih //

nadyan kang sarwa santosa / parandene adarbe samar ugi / panêmpuhing ulam [ula...]

--- 232 ---

[...m] cucut / dahat mawèh bêbaya / pilih-pilih janma kang tinêmu lulus / nonah kang kataman ucap / wusana mangsuli ririh //

pan sarwi mulungkên asta / andikanta iku kêlimrah ugi / nêpakkên kadi kang sampun / nanging punapa beda / lêngên kula ugi kiyat kadi watu / lawan santosaning angga / baya tan prabeda yêkti //

andika kalawan kula / yêkti samya bakuh kukuh kapati / dene ta bêbayanipun / ananirèng samodra / iku datan dadya pamikiring kalbu / awit ananing bêbaya / tan kêni sinônggarunggi //

wong Arab ingkang têtanya / sanalika dahat ngungun ing ati / mung dêrênging tyas tan surut / wau ingkang wanita / nulya gêbyur narajang ombaking ranu / kadi umumbul kêbuncang / nut robing kang jalanidhi //

nanging katêmahanira / karosaning wanita kang linuwih / kalamun tinimbang tuhu / kalawan krodhanira / alun muluk kang pindha tirta kinêbur / kasor ing karosanira / lir kambanging sarah aking //

marma Gleitze sanalika / karasèng tyas tan kwawa nanggulangi / ing sêdyanira umirut / anggung kêtulak ombak / têmah larut binuncang ing alun kukuh / tan pisan môngga puliha / wêkasan cangkelak bali //

ing môngka dènnya tumandang / wus tumindak rolas satêngah êmil / lan dupi tinêmu wangsul / nulya suka pawarta / dènnya wangsul tan saking jrih ulam cucut / mung jalaran saking ombak / kang agêng kagiri-giri //

[Grafik]

amung santosaning manah / maksih kêncêng datan nêdya ngunduri / ing têmbe samangsanipun / surut agunging ombak / yêkti arsa angambali sêdyanipun / sêdyanira kang mangkana / pantês pinèt ing palupi //

--- 233 ---

Rêmbagipun Sêmar, Garèng lan Petruk

Bab pangudinipun dhatêng pangupajiwa

(Candhakipun Kajawèn ôngka 11)

Sêmar : Mungguh anggone para panuntuning pakumpulan padha ambudidaya ngêdêgake sêkolahan warna-warna, kuwi mula pantês ingalêmbana, amarga dalane mênyang kamajuan ora ana liya manèh, luwih dhisik kudu ngudi mênyang pangajaran, mung bae...

Garèng : Hara ta, dadi iya isih ana sing dipaido, jalaran pangandikane, isih ana têtêmbungane: mung bae. Dadi isih ana sing ora andadèkake dhanganing ginjêle.

[Grafik]

Petruk : Rèng, Rèng, wis dadi jamak lumrah priyayi sêpuh kuwi dhêmên maido. Tumrape awakku dhewe bae, dumèh aku ora dêduwean, banjur diundhat-undhat sakrêsanèki, jarene: blanjane sathekruk, anggone mangan têka krekesan, utange rindhil, anggone omah-omah mempe we owa, sabanjure nuli nyritakake salirane dhewe, sanajan balanjane dhèk biyèn mung sathithik, ananging ora tau kêkurangan, nèk kabênêr ana ing pasamuan katon brêgas, ora kèri karo sapadhane. Ananging para sêpuh kang mangkono mau ora ngèngêti pisan-pisan, yèn jan-jane kuwi saya suwe rak iya saya owah, kanggo upamene bae dhèk biyèn bêras sadhacin mung rêga f 6.- saikine f 10.- nganti f 15.- Lan isih manèh sabab liya-liyane, apa manèh nèk wis ngrêmbug bab agama, la kuwi anggone ngala-ala rêsik pêcêrèn têmênan, jarene: wong nom jaman saiki sing diburu mung kadonyan lan kasênêngan bae, rumasane sajêge arêp urip nèng donya, ora pisan-pisan mikir marang patine. Hara, ing môngka anggone nglakoni sêmbahyang iya salawase pènsiyun iki bae, kalane isih cêkêl gawe kaya-kaya anggone sêdhêkah dhuwite kanggo karoyalan warna-warna, pirang-pirang bangêt, tandhane saiki isih ana lorodane biyèn, sanajan anggone sêmbahyang mantêp, ananging yèn ana wong pèi utawa dhomino, ora mung banjur kênduk-kênduk bae, malah iya isih gêlêm angguyubi.

Sêmar : E, gênahe kowe kuwi arêp mêlèh-mêlèhake nyang aku. Hêm, bocah ênom kuwi le sok cêkak panêmune, pancèn iya angèl ladènane bocah saiki kiyi, yèn ana wong tuwa mênêng, jarene: wong tuwa kathik mung jublêg bae, ora duwe tutur lan ora duwe sêmbur. Nèk sugih pitutur, diunèkake: wong tuwa rèwèl. E, iya pancèn ngewuhake. Ngrêtia Truk, kowe aja guru-guru kliru surup mangkono. Anggone wong tuwa tansah tutur-tutur kuwi, rak saka trêsna lan pangemane marang anak, jalaran saupama

--- 234 ---

wong nom kuwi mung tiru-tiru polahe wong tuwa sing dianggêp ora bênêr lan ora bêcik mau, sing mêsthi rak saya bakal kasurang-surang uripe. Kajaba kuwi, aku ora sumêdya mukir yèn lêlakonku dhèk biyèn ora utama kabèh. Iya jalaran saka akèhe lêlakon-lêlakon sing wis dak awaki, sababe aku banjur bisa ngrasakake têmênan, lan bisa nimbang, iki dadi cilaka, iki dadi kapenak, iki dadi bêcik, iki dadi ala, mula iya bênêr ana piwulang Walônda kang unine mangkene: piwulang kang utama kuwi yèn wis dilakoni dhewe. Bokmanawa rada ngèmpêri lêlakonku dhèk Narayanane, dene anggonku nglakoni mangkono mau ora jalaran aku ngêmohi marang pitutur bêcik, ananging marga saka kuranging pangajaran, balik bocah saiki pangajarane rak padha cukup. Karo manèh, apa iya kêna dipêsthèkake, yèn kowe bica nglakoni kaya aku, têgêse: tansah pinayungan ing Pangerane, yaiku tumêkaning tuwa ginanjar slamêt, ing sarèhning kabèh-kabèh mau wis ngawaki, dadi yèn ana wong ênom arêp nindakake lêlakon sing bakal bisa ambêbayani tumrap awake, wis dadi wajibing wong tuwa kudu mituturi. Prêlune apa dadi wong tuwa, yèn ora bisa tutur sing bênêr lan bêcik, mulane kowe aja padha banjur gawe cara ambêkunung sajak nyapèlèkake wong tuwa.

Garèng : Modar cocotmu ora, Truk, anggonmu nyêpèlèkake wong kuwi kathik ora mari-mari. Hamara, dumèh ana uwong ora bisa Hollan sêprèkên bae, banjur moh kumpul, jarene kapintêrane isih cèthèk bangêt, wis, Ma. Ora prêlu amanggalih panyaruwene Si Petruk, dak aturi ambanjurake pangandikamu dhèk mau.

Sêmar : Tak balenane omonganaku, anane sêkolahan warna-warna aku mula iya anjumurungake bangêt, mung bae bocah-bocah sing padha wis rampung pasinaone, kuwi sing akèh mung ngudi mênyang pagawean priyayèn bae, arang bangêt sing banjur padha ngudi nyang pagawean liya, kaya ta: patukangan, têtanèn lan sapadhane.

Garèng : Mara, Ma, aku tak nyuwun priksa marang panjênêngane Rama, manawa kabênêr ana krameyan tayuban upamane, milih êndi Rama, dadi sing ngibing nganggo sampur, apa sing dadi tukang nabuh gamêlan.

Sêmar : Wiyah, pitakon kok sing ora-ora ngono, kuwi rak bisa nglalèkake pamacane kulhu têmênan, ewadene nèk gêndhinge ditabuh majêmuk (ning kiyi dudu majêmuk bangsane kitab munjiyat, lo) iya mêsthi sênêng sing ngibing, dhasar anggone anggarudha têlung gongan, banjur ditibakahetibakake. têrus lampah sêkar. La kuwi nikmate prasasat sèwu dadi siji têmênan.

Garèng : Hara, ing môngka wong katiban sampur kuwi sok kelangan dhuwit, dene tukang nabuh gamêlan, kuwi kêna dipêsthèkake yèn bakal nômpa dhuwit, ewadene Rama milih ngibinge, kuwi sababe ora liya mung arêp ngudi kapenak, [ka...]

--- 235 ---

[...penak,] sêmono uga bocah wêton sêkolahan, kuwi sing diudi sabisa-bisa iya pagawean sing kapenak, môngka tata laire pagawean sing kapenak kuwi ya mung pagawean kantor.

(Badhe kasambêtan)

Waosan Lare

Dongèng Dèwi Mênurseta

XII. Dèwi Mênurseta dibêkta kondur ing sang ratu.

[Dhandhanggula]

ing saiki ingsun uwis ngrêti / jalaran sing andadèkke tiwas / kiraku mêsthi mangkene / bênêr kaya kandhamu / lawan manèh dadine urip / iya saka jalaran / anggone kêglundhung / nalika barêngi tiba / pêpanganan kang kandhêg anêniwasi / mêtu saka gorokan //

abdi banjur ketok miling-miling / sarta nuli matur we la nyata / gusti makatên yêktose / punika wujudipun / kang têtêdhan gumlundhung siti / warni sêmburat abang / tamtunipun racun / manawi makatên nyata / dhawah kula dados warni mitulungi / sugênging Mênurseta //

sang aprabu bingah ing panggalih / nuli dhawuh mênyang Mênurseta / wis ta gêndhuk saikine / têntrêmna ing atimu / sira arêp ingsun boyongi / kondur mênyang nagara / kacarita mau / ora antara kêtungka / ing têkane abdi kang padha golèki / ing tindake sang nata //

awit mau sakabèhing abdi / nalikane ana têngah ngalas / kêpisah karo gustine / sauwise kêtêmu / sang aprabu adhawuh nuli / hèh saikine padha / sadhiyaa kondur / lawan padha mirantia / tandhu kanggo amboyong wong wadon iki / digawa nyang nagara //

para abdi sajêroning ati / bangêt gumun dene ana ngalas / nêmu putri tur mung dhewe / dhasar warnane ayu / padha ngira apa putri jim / awit yèn ta manungsa / mokal bangêt iku / ing wusana nuli budhal / Mênurseta anèng tandhu mingklik-mingklik / diiring ing sang nata //

yèn disawang katon bangêt asri / kaya ratu kang unggul ing pêrang / lan anggawa boyongane / ing lakune gumrudug / tanpa lèrèn tambur lan suling / muni sadalan-dalan / nganti gawe bingung / mula têkane nagara / akèh bangêt wong nonton padha dalidir / alok pangantèn liwat //

barêng padha sumurup yèn gusti / bangêt sukur karo surak-surak / suwarane nganti rame / lawan padha anggrubyug / lanang wadon pating jalêrit / nanging jêriting bungah / kocapa sang prabu / mau tindake mèh têkan / ing kadhaton dipêthuk ing para abdi / nganti tanpa wilangan //

Mênurseta banjur ditampani / abdi wadon sang nata ngandika / bocah wadon putri kiye / prênahna ing kadhatun / lan rêksanên [rêksanê...]

--- 236 ---

[...n] ingkang abêcik / iku gustimu padha / aja ewah-ewuh / lan sanadyan nêmbe têka / aja pisan ana uwong kumawani / kalawan Mênurseta //

ing saiki Mênurseta mukti / lan ayune dadi saya mundhak / kaya rêmbulan sing gêdhe / samêngko sang aprabu / ing karsane kaparêng krami / amundhut Mênurseta / nulia dhêdhawuh / marang kang abdi warata / yèn saiki kaparênge Mênurputih / arêp dipundhut garwa //

sang aprabu dhawuh angundhangi / mênyang abdi sajroning nagara / dalah ing salaladane / makajangana kumpul / lawan manèh uga ngulêmi / nyang para ratu tôngga / kaparênga rawuh / anjênêngi gone krama / dhèk samana nuli orêg para abdi / mêtu andum gawean //

Kabar Sanès Praja

Kadadosanipun ngrika tuwin ngriki

[Grafik]

Pangeran Yang Koeang trah Konghucu ingkang kaping 75. Sang Minulya wau pados sawunging kamajêngan ing bab pangajaran ing Tiyongkok.

[Grafik]

Sisih kiwa ingkang Minulya Graaf Grandville, wakil Inggris. Sisih têngên, ingkang Minulya Mehmed Essad Bey wakil Turki, sami sowan ing Sri Bagendha Kangjêng Sri Maharaja Putri ing Nèdêrlan, ngaturakên kasugêngan ing taun baru.

--- 237 ---

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès

Cap Gomèk ing Batawi ing taun punika botên patos rame, têtiyang ingkang sami damêl arak-arakan botên giyak kados ing taun kêpêngkêr. Têtanggapan ingkang sami idêr dhatêng pacinan, sami sambat botên sapintêna angsal-angsalanipun. Ingkang kêtingal ngramèni namung swaraning musik barangan, pating jlêgur ing saênggèn-ênggèn. Dene salêbêting arak-arakan Cap Gomèk wau kathah para among dagang ingkang adamêl reklamê padagangan tuwin nyêbar wara-wara.

Salêbêtipun Cap Gomèk ing Batawi, pulisi anjagi kêncêng, angawisi tiyang ambêkta dêdamêl wontên ing papan karamean. Wontên têtiyang sawatawis ambêkta dêdamêl, lajêng dipun cêpêng ing pulisi.

Opsir yustisi ing Batawi nyuwunakên ukuman 10 taun, dipun longi nalika wontên ing tahanan, pasakitan nama H.W. Johannes tilas 1e klèrêk kantor lelang ing Cirêbon, prakawis salingkuh arta.

Kawartosakên, wontênipun dagangan èstri Tiyonghwa ing Batawi, sapunika saya kirang, awit tanduk makatên wau botên adamêl kabêgjan.

Ing salêbêting tangsi ing Mèstêr Kornèlês, wontên sawênèhing bojon saradhadhu karêm main, sambutanipun kathah sangêt, nanging ingkang jalêr botên sumêrêp. Sarêng ingkang jalêr dipun tagih, muring-muring. Ingkang èstri lajêng dipun bacok kalewang ing rainipun. Rahayu saradhadhu lajêng kenging kacêpêng, saha lajêng dipun krêpus. Dene ingkang èstri kabêkta dhatêng griya sakit.

Saking papriksanipun Tuwan Propesor Dhoktêr Bakêr, bilih pamulangan Walandi ing Serang, muridipun ingkang sakit mripat tragum wontên 18%. Sapunika sampun sami dipun tampèni tuwin kenging anglajêngakên sêkolah.

Tuwan residhèn ing Bantên mêntas maringakên ganjaran-ganjaran bintang saking Sri Bagendha Kangjêng Sri Maharaja Putri wontên ing kabupatèn Pandhegêlang, ganjaran wau taksih gêgayutan prakawis ramèn-ramèn kala samantên. Ingkang tampi ganjaran wau wontên sawênèhipun sustêr nama Ysselstein.

Ing malêm tanggal 7 wulan punika, gudhang agêng gadhahanipun Tuwan Lie Soe Foeng ing Serang, kêbêsmèn, jalaran saking latu long, nanging latu lajêng kenging kasirêp ing para tandang, kapitunan dèrèng kasumêrêpan.

Rad pan yustisi ing Padhang sampun andhawuhakên paukuman 10 taun dhatêng kapala nagari Aèrluwah, nama Dhatuk Pamuncak, jalaran kadakwa ambêbaluh têtiyang murih bêrontat.bêrontak.

DhotêrDhoktêr. Ratulangi kawartosakên anglamar pangkat burgêrmèstêr ing Mênado. Nanging golongan bêstir gêmintê rad bôngsa Mênado, ingkang dipun tuntun dening Dhoktêr Singal, andhêsêk dhatêng ing parentah, murih botên misudha Tuwan Ratulangi.

Ing dhusun Banaran sacêlakipun Babat, pinanggih wontên pabrik arak pêtêng, panyambutdamêlipun rintên dalu, ingkang gadhah kongsi bôngsa Tiyonghwa. Pangagêngipun kongsi wau dipun cêpêng dalah kulinipun tiyang kalih wêlas.

Ing bab prakawis warisanipun suwargi Pangeran Sumêdhang ing Bandhung, sampun dipun ambali kapriksa malih ingkang kaping tiga. Nanging landrat kêpêksa ngundurakên malih, jalaran saksi-saksi wontên ingkang botên dhatêng.

Juru motrèt tuwin juru damêl pilêm nama Tassilo Adam ingkang sampun misuwur ing Ngayogya, wontên ing Amerika ngatingalakên, bilih piyambakipun dhoktêr ing bab Etnologie, tuwin nyariosakên, piyambakipun nate gêsang wontên salêbêting wana ing Indhiya 30 taun laminipun. Warni-warni ingkang kacariyosakên wontên ing Amerikah. Tuwan wau asli bôngsa Dhit, sakawit nyambutdamêl wontên ing kabudidayan sata ing Dhèli, Namusuru tuwin sanès-sanèsipun, wusana lajêng wontên ing Ngayogya, bikak dados juru potrèt tuwin adamêl pilêm.

Kawartosakên, bilih ing bab rancangan tuwin nyobi ngêcap pos sègêl ing Topografische dienst sampun rampung saha sampun kaaturakên dhatêng nagari Walandi, dipun êntosi karampunganipun. Manawi pos sègêl wau kacithak piyambak wontên ing ngriki, waragadipun langkung mirah tinimbang dipun cithak wontên ing nagari Walandi. Tuwin bilih pinanggih prayogi, arta krêtas inggih badhe dipun êcap wontên ing ngriki.

Jalaran saking dêrêsing jawah ing rêdi Marapi, andadosakên bêna agêng, para luhur Ngayogya ingkang nêmbe sami kondur jagong saking karaton Surakarta, sarêng dumugi margi Surakarta - Ngayogya sacêlakipun ing Klathèn sami wangsul amargi marginipun kêlêban. Sawênèhing tembok ing pabrik gêndhis Gondhang Winangun jugrug. Ing bab kaprêluwaning irigasi sisih kidul sami sirna dhadhal. Margi-margi sêpur ugi katrajang toya, lampahing sêpur Sêmarang - Ngayogya, nêrak toya ngantos dumugi ing rodha.

Ing Surakarta dipun adani kêncêng badhe ngadêgakên N.V. lelangan ngawontênakên bis tuwin sanès-sanèsipun kangge watêrlèdhêng, tuwin pamarentah ugi sanggêm aparing subsidhi 30 èwu rupiyah.

--- 238 ---

Ing bab prakawisipun bupati ing Brêbês, rampunging pamriksanipun kintên-kintên wontên ing pungkasanipun wulan Marêt. Para asistèn wadana ing bawah Brêbês sawêg sami da katrangan warni-warni katur dhatêng tuwan residhèn.

Golongan wadyabala ing Gombong badhe rame-rame pèngêtimèngêti. adêging tangsi ing ngriku sampun 50 taun. Wiwit tanggal 8 Pèbruari, laminipun tigang dintên.

Benjing 14 wulan punika, pangrèh agêng Muhammadiyah badhe damêl tèntunsêtèlêng bayi, wiwit umur 6 wulan dumugi kawan taun, sadhengah tiyang kenging tumut, pamanggènipun wontên ing papan konggrès, ing alun-alun lèr. Sintên ingkang sae piyambak pangupakaranipun, badhe angsal ganjaran. Tuwin badhe wontên sêsorah panggulawênthah.

Komite konggrès Muhammadiyah dumugi sapunika tansah tampi pasumbang warni-warni saking grup ing padhusunan, sawênèh wontên ingkang nyukani lêmbu. Waragadipun kintên-kintên wontên kalih ewonan.

Dhepartêmèn yustisi punapa malih Hoofd afdeeling tucht.-en opvoedingswezen, amigatosakên dhatêng kawontênaning lare-lare ingkang sami klambrangan ing kitha-kitha agêng. Ing bab punika sampun dipun damêlakên rêrancangan ing sêrat sêbaran kanthi wêwaton, murih kalampahanipun art. 45 ing Wetboek van Strafrecht dipun ewahi. Sêrat sêbaran wau kakintunakên dhatêng para pangagêng nagari.

Kapal Singkêp, gadhahanipun Rotêrdham Loid, nalika bidhal saking Tanjungpriyuk badhe ngangkatakên tiyang minggah kaji malih tiyang 800. Nubruk kapal Hèkêrên, gadhahanipun Praowên Pir tuwin Tihtêr Waja sawatawis, kapitunan f 1000.- wontênipun pinanggih lêlampahan makatên, amargi dalu wau pêtêng sangêt tuwin ombakipun agêng.

Botên dangu malih ing Bogor badhe dipun êdêgi pamulangan kangge guru èstri ing griya panggulawênthah, ingkang badhe dipun wulangakên, ing bab padamêlan nyêpêng bale griya, pedhagogik wiwitan, tuwin silkindhê. Ingkang ngadani wau Nyonyah Schmutzer, garwaning lid polêksrad.

Ing Bandhung badhe dipun wontêni malih griya kangge panggulawênthah lare-lare ingkang gadhah kalakuan awon. Griya wau badhe sagêd ngêwrat tiyang 250.

Bêstir Yarmarêk ing Surabaya sampun damêl pêrgadring, nêtêpakên Yarmarêk taun punika dhawah wontên ing tanggal 22 Sèptèmbêr dumugi Oktobêr.

Ing bawah Kasari ing taun kêpêngkêr sampun sagêd nyirnakakên bajing 60.000 iji, saupami kapetang sabên bajing satunggal ngrisak kalapa 1 rêgi 5 sèn, sampun adamêl kapitunan f 219.000. Tuwin sampun nyirnakakên tikus sabin 11.000 tuwin tikus lêmah 30.000.

Juru kabar Kajawèn ing Purwakêrta, martosakên, kala tanggal 5 Pèbruari, M.Ng. Jayasugita mêntas damêl sêsorah basa Jawi kina tuwin kawi wontên ing gêdhong Normaalschool Purwakêrta, ingkang sami mirêngakên sadhèrèk-sadhèrèk guru bantu (Cersisten P.G.H.B.) saha guru-guru N.S.

Benjing tanggal 12 wulan punika, pang P.G.H.B. ing Purwakêrta badhe ngwontênakên pakêmpalan warga (leden vrij:) manggèn wontên ing pamulangan ôngka II No.1. Kajawi badhe ngrêmbag kaprêluawan-kaprêluwan kangge dhatêng konggrès, ugi badhe ngrêmbag bab: bang koopêrasi, ingkang badhe sêsorah Tuwan R.H. Soebroto.

Paprentahan Jawi ing Ngayogya adamêl pursêtèl anyaèkakên pêkên-pêkên kewan ing Gamping, Prambanan, Kutha Gêdhe, Pandhak tuwin Pangawih. Pêkên wau badhe dipun wujudakên los tosan, kalèn-kalèn tuwin sanès-sanèsipun. Ing bawah Rêdi Kidul kathah rajakaya ingkang sumêbar ing bawah Ngayogya. Taun ingkang kapêngkêr.

Miturut bêslit gupêrmèn dhawuhakên:

A. Bilih gupêrnur-gupêrnur tuwin para rêsidhèn ingkang dados pangagênging nagari, manawi nuju tindak lêlayaran ing bawahipun, kaparêngakên ngangge bandera:

1. Tumrap gupêrnur: bandera Walandi mawi pasagèn pêthak ing pojok nginggil sisih kiwa, ing nglêbêtipun mawi undêran abrit kêkalih, dipun kibarakên wontên ing tiyanging baita ingkang wingking. Manawi baitanipun atiyang tiga. Wontên ing ngajêng, manawi tiyang kalih, angsal pakurmatan ungêling mriyêm 13 rambahan.

2. Tumrap rêsidhèn: sêtandar, ing sisih kiwa mawi sêtrip oranyê, pangibaripun sami kados gupêrnur. Angsal pakurmatan ungêling mriyêm 11 rambahan.

B. Bandera wau manawi dipun pasang ing sêkoci, wontên ing ngajêngan.

Katêtêpakên dados ondêr pursitêr landrad ing Tanjungbale tuwin Bêngkalis, Sumatrah sisih wetan, Radèn Mas Prajakusuma.

Kawisudha dados guru klas III ing H.I.S. Sêmarang. M.H. Rambitan.

Saking Ngayogyakarta kawartosakên, benjing tanggal 13, 14 tuwin 15 wulan punika, ing karaton Ngayogya minôngka pakurmatan kramanipun putri dalêm têtiga tuwin kalih sadhèrèk dalêm ingkang sinuhun kangjêng Sultan dipun wontêni lêlangên ringgit tiyang.

--- 239 ---

Wêwaosan

Sêsupe agêmipun rajaputri ing Seba

14. Pharaoh adamêl susah kula sadaya

Orme amangsuli: ambok ya sing sabar, ta, ing ngarêp kang andadèkake alanganku kabèh kaya wis cukup, aja kok banjur diwuwuhi apa-apa manèh. Yèn aku kabèh wis angliwati wong-wong Fung, rak isih akèh mangsane kanggo ngrampungake prakara iki.

Sasampunipun Orme mengo aningali dhatêng Shadrach saha wicantên: he, kônca, saiki iki dudu wayahe kanggo rêmbugan kang mrêkitikake kuping. Kowe iku juru tuduh dalan kanggo sakancaku kabèh, têrna nyang êndi sakarêpmu. Ananging elinga, yèn nganti tumêkane pasulayan, jalaran saka pamilihe kônca-kancaku iki, aku kang dadi têtindhihe. Lan ana manèh sing kowe aja pisan-pisan lali, yaiku aturmu besuk samôngsa ngadhêp ratumu dhewe, Sang Putri Walda Nagasta. Saiki wis ora kêna rêmbugan manèh, aku kabèh ngêtutake mênyang ngêndi paranmu, dadi sing nyôngga têtanggungane ya kowe.

Shadrach amirêngakên kanthi mangkêl, saha lajêng manthuk, salajêngipun piyambakipun nuntên nindakakên punapa ingkang dados kuwajibanipun, inggih punika sasampunipun nyawang Higgs sadlèrèngan kanthi sêngit.

Sêrsan Quick nglairakên gagasanipun makatên: pancène rak luwih bêcik, yèn dhèwèke mau tak têmpilingana. Tumrap dhèwèke rak bêcik bangêt, lan bokmanawa bae bisa ngalang-alangi pakewuh pirang-pirang. Amarga aku ora ngandêl babarpisan mênyang si trayoli kae.

Sasampunipun piyambakipun nuntên mangkat sumêdya ningali unta-unta tuwin sanjatanipun. Dene kula sadaya lajêng sami malêbêt ing pakuwon badhe tilêm, samantên punika manawi botên karêridhu ing lêmut. Sanadyan kula sumêrêp margi sanès, kangge lumêbêt dhatêng Mur ingkang langkung nguwatosi tinimbang ingkang badhe dipun tindakakên, ananging sarèhning kula sadaya punika samangke ambêkta momotan ingkang awrat-awrat kathah, lan ambêkta unta pintên-pintên makatên, kula inggih mêksa mêlang-mêlang ing manah, kadospundi wusananipun, sagêdipun narajang têtiyang Fung ingkang kanthi wilujêng. Kajawi punika kula kraos ing manah, dene Shadrach kêkah pikajêngipun, supados mêdal margi punika. Ingkang makatên punika punapa jalaran saking badhe anggêga kajêngipun piyambak. Punapa wontên sababipun sanès ingkang pêtêng. Ing ngriki têtela bilih kula sadaya wontên panguwasaning piyambakipun, amargi cara-caranipun nalika kula lumêbêt saha mêdal saking kitha Mur wau, anjalari kula botên pisan-pisan sagêd dados juru panêdahing margi kônca-kônca kula sadaya. Saupami kula gadhaha panêdha dados juru têdah margi, tamtunipun Shadrach tuwin têtiyang Abati sanès-sanèsipun lajêng sami nilar kula sadaya, makatên ugi pangrêksaning unta-unta samomotanipun, inggih tamtu lajêng kapasrahakên dhatêng kula sadaya. Kenging punapa têtiyang wau botên anglampahi ingkang makatên punika, jalaran kula sadya tamtunipun inggih botên sagêd anglêpatakên têtiyang wau wontên ngarsaning rajanipun.

Nalikanipun Sêrsan Quick ambiyantu kula ngêpak-êpaki, piyambakipun wicantên makatên: bandara dhoktêr, sajatosipun kula botên cocog sangêt dhatêng kawontênanipun samangke punika, kula botên pitados babarpisan dhatêng pun Shadrach, kônca-kancanipun anyêbut dhatêng piyambakipun kucing, tumraping piyambakipun satunggaling nami ingkang mathuk sangêt. Piyambakipun samangke ngêtingalakên kukunipun, jalaran piyambakipun sêngit sangêt dhatêng kula sadaya, lan sêdyanipun kapengin badhe wangsul dhatêng Pur utawi Mur kadospundi lêrêsing namanipun nagari punika, botên kanthi kula sadaya. Upami panjênêngan priksaa kadospundi piyambakipun anggèning nyawang dhatêng bandara Higgs, bok waunipun bandara kapitan angidini kula nêmpiling sirahipun sakêdhik, kula anamtokakên, bilih langkung sae kawontênanipun.

Bokmanawi inggih sampun dados takdiripun, bilih Shadrach punika kêdah dipun têmpilingi, nanging lampahipun sanès. Mênggah andharanipun makatên: alang-alang dipun bêsmi, miturut cariyosipun Shadrach prêlu sangêt kangge suka sasmita dhatêng bangsanipun. Ananging kula piyambak yakin, bilih ingkang makatên wau inggih kangge mripating sanès. Salajêngipun kula sadaya lajêng pangkat, sadalu muput lampahipun lajêngan kemawon, sarana pêpadhanging lintang-lintang, marginipun gênah margi sampun kawak sangêt, lan samangke margi wau dipun uwakakên babarpisan.

Sarêng enjing kula sadaya anilar margi wau saha lajêng ngaso wontên ing têngah-têngahing kitha lami ingkang sampun risak, tanpa pinanggih ing tiyang satunggal-tunggala, sarta botên dipun sapa ing tiyang. Kula kajibah jagi ingkang rumiyin piyambak, lan sanès-sanèsipun sami mapan tilêm, inggih punika sasampunipun sami nêdha têtêdhan asrêp-asrêpan, amargi wontên ing ngriku kula sadaya sami ajrih

--- 240 ---

damêl latu. Sarêng srêngenge sampun miyak pêtênging pêdhut, kula lajêng sumêrêp, bilih kula sadaya dumugi ing panggenan ingkang kathah sangêt têtiyangipun, lan ing ngandhap têbihipun botên ngantos nêmbêlas pal, sarana kèkêr kula, kula sumêrêp cêtha dununging kitha Harmac. Kala lampah kula wontên ing tanah ngriku kala rumiyin, punika kalêrês ing wanci dalu, dados kula inggih botên sumêrêp punapa-punapa.

Wujuding kitha punika kadosdene salimrahing kitha-kitha ing Aprikah têngah sisih kilèn, inggih punika mawi pêkên agêng-agêng saha margi wiyar-wiyar, ing pundi-pundi wontên griyanipun cèt pêthak, lan griya-griya ingkang agêng-agêng sami kinubêng ing pakêbonan. Sakubênging kitha wontên tembokipun sela kandêl. Ing sangajênging gapura-gapura, ing ngriku kula sumêrêp wontên gapura kalih, wontên manaranipun pasagi agêng-agêng, bokmanawi inggih saking ngriku punika dununging pajagènipun gapura-gapura wau. Pasitèn sajawining kitha, punika loh, lan dipun tanêmi sae-sae. Lan ing sarèhning ing tanah ngriku ngajêngakên môngsa bêntèr, tanêman jagung saha palawija sanès-sanèsipun sampun sami trubus.

Sarana kèkêr kula, kula sagêd ningali ing sajawining pasitèn wau kapal saha rajakayanipun kathah wontên ing pangenan, lan sasêlanipun rajakaya wau kêtingal wontên kewan-kewanipun alasan. Ingkang makatên wau satunggaling pasêksèn, nyatanipun bilih têtiyang Fung punika botên anggadhahi sanjata latu. Kadosdene ingkang sampun kacariyosakên dening tiyang Abati ingkang sampun-sampun. Upami gadhaha, menda-menda alasan wau tamtu katêbihakên saking ngriku. Lan têbih malih prasasat ing prênah tancêbing langit, kula sumêrêp pintên-pintên kitha lan dhusun, dados têtela sangêt, bilih ing ngriku kathah têtiyangipun, ingkang punika langkung utami upami sampun mastanana, bilih têtiyang wau kalêbêt botên tata. Amila inggih botên anggumunakên, bilih bôngsa Abati ingkang têtiyangipun namung sakêdhik, ajrih sangêt dhatêng bôngsa wau, sanadyan padununganipun wau kaalang-alangan ing jurang ingkang lêbêt-lêbêt sarta santosa.

Sarêng jam 11 Kapitan Orme gêntos jagi, dene kula lajêng mapan tilêm. Upaminipun kula botên patos sayah makatên, kintênipun tilêm kula inggih botên sagêd jênak, jalaran bêbaya ingkang angancam dhatêng kula sadaya kathah sangêt. Dalunipun malih kula sadaya kêdah mundhuk-mundhuk anglangkungi têtiyang Fung, lan enjingipun kakintên sagêd lumêbêt ing kitha Mur, dene manawi pangetangipun makatên wau lêpat, kula sadaya têmtu lajêng dados tawananipun têtiyang ingkang tanpa tata wau, lan sampun têmtu lajêng dipun pilara warni-warni, ingkang wusananipun lajêng dipun pêjahi.

Ananging sagêd ugi kula sadaya dumugi ing kitha Mur tanpa sambekala punapa-punapa, amargi kula sadaya anggadhahi juru panêdah margi pintêr, kajawi punika marginipun sêpi sangêt, miturut wicantênipun Shadrach têtiyang ingkang sami jagi, sami tumut pista. Shadrach yakin, bilih grombolan kula sadaya ingkang alit punika, sagêd langkung margi wau kanthi wilujêng, ananging têmênipun Quick kalihan kula botên pitados babarpisan dhatêng Shadrach, malah rajanipun bôngsa Abati piyambak, miturut panyawangan kula, sajakipun inggih nyocogi kula sadaya.

Cêkakipun, panjênênganing nata sadèrèngipun kula nilar kitha Mur, ngandikakakên, bilih Shadrach ingkang pancèn kapilih tumraping kêkesahan punika, jalaran piyambakipun punika kêndêl saha cikat, sarta satunggiling tiyang ingkang kapetang namung sakêdhik sangêt antawising kawulanipun, ingkang kala alitipun sampun anjajah ing sagantên wêdhi saha sumêrêp margi-marginipun. Salajêngipun sang putri kanthi nyata anglajêngakên pangandikanipun: ananging dhoktêr, panjênêngan kula aturi ngawasakên piyambakipun kanthi sayêktos, jalaran, punapa piyambakipun punika botên dipun sêbut: kucing? Amila piyambakipun panjênêngan awasakên. Bojo tuwin anakipun sami kula tahan minôngka dados têtanggêlanipun, lan upami kula botên yakin sayêktos, manawi piyambakipun punika botên melik sangêt dhatêng siti ingkang kula ganjarakên, tamtunipun panjênêngan botên badhe kula pitados dhatêng piyambakipun punika.

Sasampunipun ngalami lêlampahan warni-warni salêbêting kêkêmpalan kalihan piyambakipun, Quick kalihan kula inggih lajêng cocog sangêt kalihan pamanggihipun sang putri wau.

Kalanipun Quick ngundang kula kapurih ngaso, piyambakipun wicantên makatên: môngga panjênêngan priksani Shadrach punika bandara dhoktêr. Lho, panjênêngan priksani punika. Salajêngipun Quick lajêng nudingi Shadrach ingkang kala punika nuju linggih sangandhaping wit-witan saha wicantên calumak-calumik sajak wigatos kalihan kancanipun, rainipun kêtingal nyênyêngit.

Wicantênipun Quick: manawi Pangeran nitahakên manusa bajingan, inggih piyambakipun ingkang linggih ngrika punika. Kintên kula kalanipun wontên Zeu, piyambakipun punika kapengin murih ical kula sadaya, prêlunipun sagêda nyolong barang darbèk kula sadaya, mugi-mugi piyambakipun mangke dalu sampun ngantos nindakakên pratingkah makatên malih. Môngga, dalah sagawon punika kemawon, ugi botên rêmên babarpisan dhatêng piyambakipun.

Sadèrèngipun kula sagêd amangsuli, pawicantênan ingkang kantun piyambak punika têka anêmahi, jalaran Pharaoh ingkang kintên-kintên mirêng swara kula sadaya punika, lajêng muncul saking pojokan papan ingkang dipun tilêmi, saha lajêng murugi dhatêng kula sadaya kanthi ngopat-ngapitakên buntutipun. Ananging sarêng sagawon wau dumugi ing sacêlakipun Shadrach lajêng mandhêg kanthi anggêrêng, tuwin wuluning gêgêripun sami anjêgrig.

(Badhe kasambêtan)

--- [241] ---

Ôngka 13, 23 Ruwah Taun Jimakir 1858, 15 Pèbruari 1928, Taun III

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Singgapura

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar patamanan ing Singgapura, para maos sagêd anggambarakên pangraosipun wontên ing jajahan sanès.

--- 242 ---

Raos Jawi

Bab sêrat waosan Jawi ingkang sampun kêlimrah

Kêlimrahipun bôngsa Jawi, ingkang dipun wastani sêrat waosan punika, namung golonganing sêrat waosan ingkang mawi sinawung ing sêkar macapat, dene warni-warnining sêrat, kenging dipun wastani taksih sakêdhik sangêt, manawi dipun timbang kalihan cacahing sêrat waosan basa sanès, inggih punika basa Walandi tuwin sanès-sanèsipun. Nanging manawi dipun timbang kalihan kawontênaning waosan basa Indhia sanèsipun, waosan basa Jawi sampun kenging dipun wastani lumayan.

Manawi mirid saking wontênipun sêrat waosan Jawi mawi sêkar, kajawi bôngsa Jawi punika pancèn sampun kadhasaran dhatêng ulah krawitan, mênggah sêrat makatên wau, prêlunipun badhe dipun waos sêru, murih kêmirêngan ing tiyang kathah. Malah bab makatên punika kêtêlahipun dumugi samangke, asring taksih tumindak kangge lek-lekan kalanipun tiyang gadhah bayi, dados botên beda kados caranipun tiyang maos kitabing agami, ingkang murih dipun mirêngakên ing tiyang kathah.

Mênggah sêrat-sêrat Jawi ingkang kapetang kina, tuwin dipun karêmêni ing ngakathah, limrahipun sêrat babad, punika tumrapipun tiyang Jawi dipun anggêp cariyos ingkang nêngsêmakên sangêt, awit sagêd nyumêrêpi dhatêng babading praja satêtiyangipun, ingkang sagêd nênangi dhatêng gambiraning manah, damêl sêngsêm. Ingkang makatên punika kados-kados inggih wontên lêrêsipun, awit cariyos ingkang kasêbut ing ngriku, sadaya sami dipun anggêp nyata, dening talêring cariyos taksih kêtingal urut-urutanipun dumugi sapunika.

Dene miturut urut-urutaning cariyos Jawi ingkang sampun dipun ajêngi ing tiyang Jawi, kados ing ngandhap punika:

Golongan Pustaka Raja, punika kaperang-perang, wiwit Paramayoga, lajêng Pustaka Rajapurwa, nyandhak madya. Pustaka Rajapurwa, cariyosipun wiwit jaman kadewan, dumugi jamanipun para Pandhawa. Satêlasing jaman Pandhawa wau lajêng nyandhak jamanipun Prabu Parikêsit. Wiwit Prabu Parikêsit ngantos dumugi ngajêngakên jaman ing Jênggala, punika dipun wastani madya.

Cariyosipun sêrat Pustaka Raja wau, kajawi nyariyosakên lêlampahan warni-warni, ugi mêdharakên piwulang pêpak. Ingkang nocogi dhatêng raosipun tiyang Jawi, mila têtiyang Jawi tansah kapranan ing manah manawi maos suraosing sêrat Pustaka Raja, awit sanadyan kajêngipun ingkang sayêktos dèrèng andungkap, nanging sampun angajêngi, bilih rarasing piwulang tuwin lêluwêsaning ukara sagêd nênangi dhatêng raosing manah.

Dene sêrat Pustaka Raja wau gancaran, tuwin sarèhning sêrat wau cariyos lêlajêngan mawi pinèngêtan taunipun punapa, ing sawênèhing lêlampahanipun wontên ingkang kadamêl adêgan piyambak, lajêng kanamakakên piyambak, kados [ka...]

--- 243 ---

[...dos] ta: sêrat Parta Krama, Srikandhi Maguru Manah, Subadra Larung, Cèkèl Endralaya tuwin sanès-sanèsipun. Sadaya wau manawi sinawung ing sêkar macapat, tuwin sipatipun lajêng santun dhapur cariyos wayang.

Lajêng candhakipun ing Pustaka Rajamadya, ugi wontên ingkang dipun pithati salampahan-salampahan, kados ta: sêrat Cêmporèt, Ajipamasa, Witaradya, tuwin sanès-sanèsipun, ugi sami sinawung ing sêkar.

Satamating sêrat Pustaka Rajamadya wau, lajêng nyandhak sêrat Panji, nanging salugunipun sêrat Panji punika inggih Pustaka Raja, namung ing ngriku nyariyosakên kala jamanipun Radèn Panji, sêratipun ugi sinawung ing sêkar, tuwin saking kêlimrahipun wau, nama aslinipun saking Pustaka Raja ngantos kêsilêp, lajêng kados jêjêr nama Panji piyambak, lan Panji wau dados peranganing nama agêng, mênggah cariyosipun kalêbêt wontên ing katrangan, kados ta: Panji Jayalêngkara, Panji Panuba, Panji Sêkar, Panji Angrèni tuwin sanès-sanèsipun. Makatên ugi cariyosing sêrat Panji wau ugi kathah ingkang kapêthik dados dongèng, kados ta: Sênggutru, Panji Laras tuwin sanès-sanèsipun.

Manawi dipun manah makatên, sêrat Pustaka Raja punika dados kados baboning sadaya sêrat. Punika pancèn inggih wontên lêrêsipun, awit wontênipun cariyos padhalangan, aslinipun inggih saking ngriku, ngantos sagêd angwontênakên lêlampahan kathah sangêt. Punapa malih ugi kathah wêwulangipun agal alus (Jawi lêbêt) ingkang kenging dipun pêthiki dados buku piyambak.

Mirid kawontênan ingkang makatên punika, salugunipun tumraping bôngsa Jawi, ingatasipun kala jaman samantên, inggih sampun nama sae, malah lacuting ginêm sampun kenging dipun wastani onjo, awit nama dèrèng wontên pamulangan sampun gadhah waosan kados makatên, punika nama sèwu pitulung, tuwin manawi dipun manah yêktos, têtiyang Jawi ingatasing kasusastran lan ulah ukara, ingkang sagêdipun namung saking ngudi piyambak, aluranipun taksih kêtingal manawi pancèn gadhah dhêdhasar kados makatên.

[Grafik]

Ilèn-ilèn toya ing Gorontalo. Sawanganipun papan punika amêngku raos warni-warni, inggih agêng pigunanipun, inggih sae wujudipun, rêdinipun andhêndhêng kados dados pagêr, amagêri pasiraman ingkang nêngsêmakên.

--- 244 ---

Cariyos Wigatos

Kawontênanipun Sophyèt Ruslan ingkang sajati

Candhakipun Kajawèn ôngka 12

VII. Pêthikan saking sêrat kabar A.I.D.

Kabudidayan saha pabrik-pabrik ingkang kadadosakên gadhahaning tiyang sanagari.

Panampinipun opisil ingkang sampun dipun kiyati dening komunis ing Ruslan, bilih panggaotan partikulir, inggih punika bab têtanèn mèh sadaya kagolong mriku, saha ingkang anjalari têtiyang ngantos 9/10 sami nyambut damêl ing ngriku, punika lajêng amujudakên apdhèling kapitalis tumrap pranatan kabêtahaning gêsangipun kawula. Panggaotan-panggaotan umum lan koopêrasi punika lajêng amujudakên apdhèling sasami-sami. Wontên ing apdhèling punika, têtiyang kêdah angèstokakên sangêt, murih sagêdipun sumêrêp punapa tumraping komunismê ingkang sampun katindakakên jalaran wontênipun gegeran.

[Grafik]

Tiyang Rus ingkang kalirên

Anggènipun nyobi makatên inggih sampun cêkap sangêt. Ing sakawit angêdêgakên komite pabrik saking para kaum buruh, saha sadaya panguwasaning panggaotan kapasrahakên dhatêng komite wau, tanpa mawi anjabêl hakipun andarbèni têtiyang ingkang sami anggadhahi pabrik. Sarêng kapranata ingkang makatên wau, têtiyang ingkang sami anggadhahi pabrik saha para dhirèkturipun sami sungkan anglajêngakên mandhegani panggaotan wau, jalaran lajêng botên anggadhahi panguwasa punapa-punapa, ing wusana panggaotanipun lajêng kabibarakên. Sasampunipun mangu-mangu sawatawis ingkang makatên punika sampun nindakakên lampah tekad-tekadan, saha lajêng wiwit ngawontênakên coban-coban, kadospundi sarananipun anuntun panggaotan wau. Dèrèng ngantos sawatawis lami kemawon, wêwênanging komite pabrik wau sampun dipun kirangi, tuwin panguwasanipun lajêng kapasrahakên dhatêng para pangagênging (Commissaris) komunis, amargi katuntun dening komite-komite wau, padamêlanipun botên sagêd lêstantun lumampah. Sarêng pamêdalipun tansah mundur kemawon, lajêng kabudidaya kanthi angêrigakên para tani murih sami anyambut damêl, jalaran saking punika lajêng angêdêgakên barisan-barisan kaum buruh. Ingkang makatên punika sampun tamtu lajêng botên kadadosan [kadadosa...]

--- 245 ---

[...n] babar pisan, botên beda kalihan kawontênanipun pandamêlan paksan ing pundi-pundi, ingkang ugi botên kantênan kadadosanipun. Ewasamantên kala ing taun 1920 Trotzkij sumêdya amatrapakên pranatan pêksan wau dhatêng têtiyang sanagari, amajibakên têtiyang wau sami lumêbêt dhatêng pakêmpalan-pakêmpalan ingkang nunggil damêl, saha pakêmpalan-pakêmpalan wau kadadosakên praboting pamarintah, makatên ugi kadosdene caraning militèr, têtiyang sadaya wau sami katrapan nyambutdamêl kanthi pranatan kêncêng. Usul ingkang makatên wau dening partè dipun tolak, inggih punika sasampunipun kabantah dening Lenin kanthi kakêrasan. Botên watawis dangu malih, jalaran saking pambudidayanipun, Lenin lajêng katindakakên sarana mêdal margi N(ieuwe) E(konomische) P(olitiek) ingkang kacêkak dipun sêbut Nep. Sadaya coban-coban wau lajêng dipun kèndêli saha lajêng wangsul dhatêng wujud caraning kapitalismê, inggih punika ingkang minôngka pitulungan ingkang langkung prêmati, kangge ngluwari kawontênan-kawontênan ingkang tansah saya awon punika. Tuwan Baars anglairakên, bilih botên badhe anglajêngakên andharanipun kawontênaning coban-coban ingkang mawi pranatan komunis ing sadèrèngipun taun 1922, ingkang tansah langkung nglêmbèkakên kawontênanipun panggêsangan, ekonomi saha mèh adamêl têtiyang saindênging nagari dados pêjah kaluwèn. Botên jalaran kawontênanipun ing kala punika saking gênging sangsaranipun lajêng botên wontên gunanipun dipun sumêrêpi, ananging amargi coban-coban wau dening partè Rus piyambak dipun cacad kaanggêp kadosdene komunisme paprangan ingkang awon sangêt. Lan jalaran wontênipun Nep ingkang kaanggêp satunggiling tuladan ingkang kêdah kaèstokakên piyambak, ingkang ugi kenging kaêcakakên ing nagari-nagari sanèsipun, manawi ing ngriku gegeran komunis sampun sagêd mênang juritipun. Ing ngriki Tuwan Baars botên badhe ngrêmbag bab kawontênanipun coban-coban lami ingkang nyuwak wontênipun arta tuwin pambagining pamêdalipun siti ingkang kanthi paksan, dene ingkang badhe kaandharakên kawontênan ingkang samangke punika.

Saking jawi botên katingal babarpisan, bilih kabudidayan ingkang agêng-agêng punika kadadosakên gadhahaning têtiyang sanagari, sadaya wau tumindakipun sarupi kemawon kalihan sawênèhing nagari kapitalis. Para kaumipun buruh sami nampi arta bayaran, saha angsal-angsalaning arta wau kêdah kenging katêdha kalihan batihipun, barang-barang sagêdipun katumbas namung sarana arta. Têtiyang ingkang tanpa padamêlan kêdah ngudi piyambak sagêdipun angsal padamêlan, tumrap punika botên angsal pitulungan. Botên beda kalihan nagari sanèsipun, ing ngriku ugi kasumêrêpan larikan pintên-pintên tiyang ingkang tanpa padamêlan sami ngadêg wontên ing sangajênging kori pabrik, saha ing kantor kangge ngupados padamêlan, lan ing ngriku tangkêpipun dhatêng têtiyang wau saèstu botên langkung andêmênakakên tinimbang panggenan ing pundi-pundi ing donya punika. Para kaum buruh sagêd dipun pêcat saking padamêlanipun dening dhirèksi lan para pangajêngipun kanthi katrangan sabab-sababipun. [sabab-sa...]

--- 246 ---

[...babipun.] Panyambutdamêlipun kanthi pangaturan saha kanthi dipun ulat-ulatakên dening para pangajêng tuwin para mandhoripun, dene para pangajêng saha mandhor wau salajêngipun ugi sami kabawah dening para punggawa ingkang ahli dhatêng padamêlan kriya saha para punggawa administrasi ingkang langkung inggil malih, sabagian agêng sami têtiyang rumiyin, sadèrèngipun tuwuh gegeran, dene panampinipun pangkat-pangkat ingkang sami lowong, punika namung sakêdhik sangêt anggèning nampi saking antawisipun para kaum buruh. Ananging ingkang katêtêpakên ingkang kathah têtiyang ingkang nampi pangajaran ingkang prêlu kangge wontên ing ngriku, têtiyang wau sampun kenging katêmtokakên sami angsal pangkat ingkang inggil-inggil. Dèrèng paja-paja Nep wau dipun wontênakên, sampun kagiyarakên, bilih para kaum buruh punika kêdah anyambutdamêl, botên kenging omong-omongan, lan salêbêtipun wontên ing panggaotan ngriku, têtiyang wau kêdah ingkang sami ambangun turut.

(Badhe kasambêtan)

Ekonomi

Mugi dadosa panggalihan

Mênggahing bab kawontênanipun bôngsa Jawi rêmên dhatêng kaborosan, punika taksih kalimrah sangêt, sayêktosipun tiyang gadhah damêl agêng-agêngan punika, kenging kawastanan têtêp ngambah margining kaborosan. Sapunika ingkang kula manah punika, kadospundi jalaranipun, dene para sadhèrèk Jawi têka sami nindakakên ingkang kados makatên. Punapa tiyang Jawi punika sami rêmên sêsongaran, tangèh yèn makatêna, amargi watakipun tiyang Jawi punika lêmbah manah, andhap-asor. Ananging namung nêdahakên, yèn pancèn tiyang Jawi punika têbih saking watak umuk, utawi sêsongaran. Tamtunipun inggih wontên ingkang makatên, nanging rak botên kenging kagêbyah uyah rêmên sêsongaran.

Beda sangêt kalihan dêdongengan watakipun tiyang ing nagari Rum jaman rumiyin, kados ingkang kacariyosakên ing sêrat babad. Tiyang Rum jaman rumiyin, yèn pinuju andrawina,ôndrawina. ingkang kadamêl lawuhipun ilat mêrak, môngka mêrak punika rêginipun awis, têka ingkang kasêgahahên namung ilatipun kemawon, gèk cêkap ilat mêrak pintên, punika sadaya namung salugu kadamêl umuk, sêsongaran, nêdahakên kasugihanipun. Wangsul tiyang Jawi botên makatên, sasugih-sugihipun tiyang Jawi, yèn gadhah damêl dèrèng wontên ingkang mragat lêmbu namung kasêgahakên lidhahipun, utawi manahipun, inggih mêksa taksih dagingipun ingkang kasêgahakên. Dados tiyang Jawi têbih saking watak rêmên sêsongaran.

Sapunika punapa ta jalaranipun, dene tiyang Jawi rêmên gadhah damêl agêng-agêngan, môngka têbih saking watak umuk lan sêsongaran. Tiyang

--- 247 ---

Jawi punika watakipun isinan, rêmên nutupi praja. Têgêsipun nutupi praja punika: isin malèhakên kawontênanipun piyambak. Sanajan salêrêsipun kêkirangan, nanging isin ngakêni. Jalaran saking punika, anggènipun gadhah damêl agêng-agêngan wau, namung kadamêl nutupi prajanipun, sampun ngantos kawastanan nylêkuthis.

Inggih lêrês, tindak makatên punika kenging kawastanan klintu. Ananging kadospundi, anggènipun badhe nanggulang, awit isin punika awrat sanggènipun, rak kathah kemawon, tiyang ingkang namung kisinan lajêng nekad ngêndhat.

Kadospundi pambiratipun, amrih watak wau sagêd ical, kados botên wontên sanès, kajawi tiyang-tiyang Jawi ingkang taksih rêmên nutupi praja punika kasêrêp-sêrêpakên, yèn isin ingkang kados makatên punika tanpa têgês. Kêdah kagêgulang gêmi, dipun mangrêtosakên dhatêng aosing barang. Dipun pituturi, yèn barang ingkang langkung saking prêlu, punika tanpa tônja, lugu namung ngambah margi kaborosan.

Sadangunipun tiyang Jawi taksih rêmên nutupi praja, tanah Jawi botên badhe mulya, amargi ekonominipun botên badhe sae. Môngka mulyaning bôngsa kuncaraning praja, punika gumantung wontên ing ekonomi.

Mila kadospundi panggalihipun para bôngsa kula Jawi, ingatasipun prakawis ing nginggil, kadospundi srananipun ambengkas watak isinan, nutupi praja, ingkang sampun kinulit daging dening bôngsa kula Jawi. Tamtunipun inggih botên gampil, nanging kula gadhah pangajêng-ajêng dhatêng para kawogan, ingkang tamtu badhe dhangan ing panggalih, angolah tiyang ingkang dados wajibipun murih mangrêtos dhatêng barang ingkang botên prêlu, tanpa tônja, supados ing sêpuhipun sagêd ngambah gêsang sae, nyimpang saking kaborosan. Langkung-langkung dhatêng para priyantun pangrèh praja, karsaa sami mituturi para kônca alit, sagêdipun angewahi barang ingkang klintu, ngangge ingkang lêrês.

Wasana atur kula, kula sumanggakakên dhatêng para ingkang anggalih, karsaa mêwahi kêkiranganipun, lan ngapuntên ing kasisipan kula.

Wukir Lawu.

Pun R.S. Kartawardaya

Bab Sayuran

Sayuran ingkang katanêm wontên ing pakawisan

Sawênèhing tiyang ingkang sami manggèn ing griya ingkang pakawisanipun wiyar, punika sami ngangluh, jalaran lajêng kapêksa kêdah ngupakara pakawisanipun wau. Ing môngka angupakara pakawisan punika botên sakêdhik wragadipun. Ananging tumrap tiyang ingkang purun thak-thik rêmên nênanêm, pakawisan ingkang wiyar, punika malah sagêd ngindhakakên pangasilanipun, inggih punika sarana dipun tanêmi sayuran, kados ta: andhèwi, sêlat mêkrok, wortêl, bit, slèdri, lobak, lan sasaminipun.

--- 248 ---

Andhèwi punika gampil sangêt pananêmipun. Wijining andhèwi punika, sanajan kasimpêna dangu inggih mêksa taksih kenging dipun tanêm. Dene andhèwi ingkang kalêbêt sae piyambak, inggih punika andhèwi ingkang godhongipun wiyar, lan andhèwi prênthêl.

[Grafik]

1/3 andhèwi

Wijining andhèwi punika kenging kaipuk wontên ing salêbêting pêthi, utawi wontên ing siti limrah ingkang dipun ayom-ayomi. Sadèrèngipun kangge ngipuk wiji wau, sitinipun kedah dipun lêmèni saha dipun êjur rumiyin. Salajêngipun papan pangipukan wau lajêng dipun kluwèki mawi kajêng utawi driji, lêbêtipun sanyari saha lêtipun satunggal lan satunggalipun wontên 15 nyari lan wijinipun nuntên kauwur-uwurakên ingkang ragi kêrêp. Mênggah kêrêp panguwuripun wiji punika prêlu, amargi manawi tanêmanipun katêbihên lêtipun, punika oyod saha gagangipun jalaran saking bêntèr sangêt, sagêd lajêng alum lan rêbah. Dene manawi adêgipun kêrêp, satunggal lan satunggalipun sagêd sami angayomi, lan soroting surya botên sagêd adamêl kapitunan. Manawi wiji wau sampun thukul saha tanêmanipun sampun katingal cêtha, ayom-ayomiayom-ayomipun. lajêng dipun bucal, mênggah kajêngipun angulinakakên tanêman-tanêmintanêman-tanêman. wau dhatêng soroting surya. Sasampunipun kintên-kintên kalih minggu, kenging dipun pindhah katanêm wontên ingkang kathah lêminipun, pananêmipun dipun lêti nigang dasa nyari. Dene bibit ingkang sampun sêpuh, manawi badhe dipun tanêm, ronipun kêdah dipun bucal sapalih, prêlunipun bibit wau sampun ngantos pêjah jalaran kêkathahên anggènipun nguwab.

Ing dintên-dintên kawitanipun, têtanêman ingkang wontên ing papan pangipukan kêdah dipun ayomi, ananging manawi tanêmanipun wau wiwit gêsang, ayom-ayomipun kêdah lajêng dipun bucal. Manawi kalêrês ing wanci rêndhêng, kados prêlu, bilih tanêmanipun wau dipun ayomi malih, prêlunipun kangge anjagi manawi kalêrês jawah dêrês.

Manawi kintên-kintên nêm minggu sasampuning tanêman wau kapindhah pananêmipun, lajêng ronipun wiwit dipun tangsuli, awit punika sampun mangsanipun. Dene kengingipun anangsuli ron-ronipun punika, manawi tanêmanipun katingal garing, awit manawi botên makatên sagêd gampil bosokipun. Lêt kirang langkung saminggu malih lajêng kenging wiwit dipun undhuh amargi won-ronipun sampun dados pêthak.

(Badhe kasambêtan)

--- 249 ---

Kabar Sanès Praja

Sang Èmir Amanullah, Nata ing Aphganistan

Ing sêrat-sêrat kabar sampun sami martosakên mênggah tindakipun Sang Èmir Amanullah, Nata ing Aphganistan, apêpara dhatêng tanah Eropah, sakalihan garwa saha dipun dhèrèkakên para sadhèrèk-sadhèrèkipun putri tuwin putri sanès-sanèsipun malih. Tindakipun sang nata sakalihan saha pandhèrèkipun wau, adamêl cingaking kaum Islam ing saindênging bawana. Ingkang makatên punika botên kenging dipun paibên, manawi angèngêti kawontênanipun nagari saha agamining têtiyang ngriku. Sadèrèngipun ing ngriki angandharakên kawontênaning tindakipun sang prabu dalah sapandhèrèk, ingkang adamêl pangungunipun golongan Islam, saha cingakipun bôngsa Eropah, prêlu anyariyosakên rumiyin, bab kawontênaning karajan Aphganistan dalah satêtiyangipun, murih para maos sagêda kagungan wawasan, punapa sababipun, anggèning sang nata dados gumunan saha kagèting ngakathah wau.

[Grafik]

Sang Èmir Amanullah kala khotbah wontên ing kitha Bombai

Karajan Aphganistan punika ing sisih lèr têpang watês kalihan karajan-karajan: Bokharah, Isarlan, Kolab, ing sisih wetan kalihan tanah Indhu Inggris, ing sisih kidul: Bêlujistan, lan sisih kilèn kalihan karajan Pèrsi. Mênggah asal-asalipun têtiyang Aphganistan ingkang sajati, punika dumugining sapriki dèrèng kasumêrêpan, punapa bôngsa Tajik ing sisih wetan, punapa bôngsa Inkis, utawi malih têtiyang parêdèn [parêdè...]

--- 250 ---

[...n] ingkang kawastanan bôngsa Kapir. Dene agami ingkang baku, inggih punika agami Islam. Ing sarèhning karajan wau tapêl watês kalihan tanah Indhu, ingkang agaminipun saperangan agêng agami Brahma, amila tata caranipun têtiyang ing ngriku inggih lajêng kacokan tatacara Brahma sawatawis. Têtiyangipun ing karajan Aphganistan punika kaperang ing pintên-pintên bôngsa, dene ingkang kalêbêt kathah piyambak, inggih punika bôngsa Aphgan. Mênggah pranatanipun pamarentah, punika sagêd sêsarêngan nyambut damêl kalihan kawulanipun. Ingkang makatên wau jalaran para rakyat ing ngriku sampun sami angajêngakên kamardikan, amila samôngsa-môngsa wontên pangagêng ingkang nindakakên tumindak sawênang-wênang, kalayan dadakan inggih lajêng dipun kèndêli saking kalênggahanipun. Dene ingkang kangge panutan lampahing agami tuwin panindaking paprentahan punika mawi awêwaton Koran, sarta kawêwahan kalêmpaking wèt-wèt ingkang namung kangge amutusi prakawisipun tiyang kêrêngan ingkang ngantos kataton. Tiyang ingkang kataton wau tampi pituwas arta saking ingkang natoni, kangge anjampèkakên tatunipun. Mênggah babadipun karajan Aphganistan, punika mèh sadaya ngatingalakên gênging pamêngkunipun para kawula dhatêng kamardikanipun saha kêkahing panyêpêngipun kawula dhatêng agaminipun, ngantos nalikanipun karajan Inggris badhe ngawontênakên kantor konsul dhatêng ing kitha Kabul, kitha karajan Aphganistan, punika saking kuwatosipun bokbilih kamardikan saha agaminipun badhe manggih pambêngan, sanadyan dipun lilanana, ananging ingkang kenging dêdunung wontên ing ngriku ngêmungakên kawula Inggris ingkang bôngsa tiyang Indhu kemawon, botên kenging pisan-pisan bangsanipun Inggris piyambak. Sanadyan babading karajan Aphganistan punika saklangkung wigatos saha angrêmênakên, ewadene botên badhe kaandharakên wontên ing udyana ngriki, kakuwatosakên, bilih badhe adamêl bosêning para maos. Dene manawi wontên pamundhutipun para maos sawatawis, ing têmbe inggih badhe kagancarakên kanthi cêkakan.

Nitik kawontênan ing nginggil wau, têtela sangêt, bilih pranataning nagari tuwin agami, punika angèstokakên sangêt dhatêng dhawuhing Koran, satêmah têtiyang ing ngriku lajêng kacariyosakên, manawi sami kèrêm dhatêng wêwarahing agami (fanatiek). Pramila sampun salêrêsipun, bilih para kaum Islam saindênging bawana, tuwin para têtiyang Eropah, sami ngungun dhatêng tindakipun sang nata lêlana dhatêng tanah Eropah, ingatasipun dipun anggêp satunggiling raja ingkang kawulanipun panatik makatên. Saya anggumunakên malih manawi nitik kados kawontênanipun ing ngandhap punika:

Tindakipun sang nata sakalihan dalah sapandhèrèk, miyos tanah Indhu saha kampir wontên ing kitha Bombai, ing samargi-margi tansah kinurmatan kanthi agêng-agêngan, malah wontên ing kitha kasbut ing sangajêngipun tiyang kirang langkung 50.000 amêdhar sabda, ingkang sêdyanipun ngajak dhatêng sadaya tiyang murih sagêdipun rukun satunggal lan satunggalipun (mirsanana gambar ing sisih), makatên ugi wontên ing karajan Mêsir saha karajan Itali, sang nata [na...]

--- 251 ---

[...ta] inggih tansah dipun urmati. Sasolah-bawanipun sang nata, ing samargi-margi tansah dados ngungunipun para ingkang sami ningali. Malah-malah satunggiling juru ngarang sampun mêdharakên pamanggihipun wontên ing sêrat kabaripun kados ing ngandhap punika:

[Grafik]

Sang Èmir kala mubêng-mubêng nitih rata wontên ing Mêsir

Sang Èmir ing Aphganistan, ingkang tindak pêpara dhatêng tanah Eropah, punika kadhèrèkakên ingkang garwa saha sadhèrèk-sadhèrèkipun putri tuwin para putri sanès-sanèsipun. Ingkang adamêl gumuning tiyang kathah, dene para putri sadaya wau sami lukar makêna. Langkung anggumunakên malih: kalimrahanipun para putri ing donya Islam punika, gêsangipun prasasat dipun pingit, ewadene nalikanipun wontên ing baita, kakêmpalaning para putri wau kalihan bôngsa mônca tuwin para kakung sanès-sanèsipun, têka sakeca makatên, juru ngarang kasbut nginggil saklangkung ngalêmbana dhatêng solah-bawanipun sang nata, ingatasipun satunggiling nata Islam, têka wani nindakakên tumindak ingkang makatên wau, botên pisan-pisan kagungan kuwatos bilih angsal pambêngan saking para kaum Islam ingkang taksih kolot, ingkang anganggêp, bilih tiyang èstri ingkang tanpa kudhung makêna punika satunggiling tindak ingkang asor sangêt, lan anêmtokakên, bilih têtiyang jalêr ingkang kenging sumêrêp raipunrainipun. wau, ngêmungna ingkang jalêr tuwin sanak-sadhèrèkipun piyambak.

Garwa nata tuwin para putri Aphganistan sanès-sanèsipun wau, sadaya sami angrasuk busana cara Eropah, saha anggènipun kakêmpalan tuwin rêrêmbagan kalihan para ingkang numpak baita kapal wau, tanpa wigah-wigih. Makatên ugi sang pramèswari tuwin sadhèrèkipun putri: Prinses Nurul Siradj wontên ing baita asring tumut main tènis, inggih punika satunggiling prêmainan ingkang dipun sênêngi sangêt dening para ingkang sami numpak baita.

Sang nata sakalihan sami rêmên sangêt dhatêng lare alit, lare-lare wau asring sangêt dipun sênêng-sênêngakên sarana dipun paringi dêdolanan warni-warni utawi dhêdhaharan, kalanipun wontên ing karajan Itali wontên ing ngarsanipun pangagênging agami [a...]

--- 252 ---

[...gami] ristên, ingkang inggil piyambak (Paus) sang nata botên krêsa angambung astaning paos wau, kados adatipun tiyang sanèsipun manawi nuju angadhêp wontên ing ngarsaning sang paos. Ananging manawi pinuju pinanggih lare-lare alit, tanganipun lare-lare wau tamtu lajêng kagônda. Sang nata katingal trêsna sangêt dhatêng putranipun kakung ingkang taksih alit, sarta ugi katingal trêsna sangêt dhatêng garwanipun. Punika bokmanawi sababipun, dene sang nata ing Aphganistan satunggiling nata Islam ingkang namung kagungan garwa satunggal.

Solah-bawaning sang nata wau langkung-langkung adamêl ngungunipun juru ngarang kasbut nginggil tuwin bôngsa Eropah sanès-sanèsipun, ingkang sampun watawis lami dêdunung wontên nagari-nagari Islam saha nyumêrêpi kawontênanipun têtiyang èstri miturut caraning tiyang Islam ingkang kolot. Minôngka pungkasaning karangan punika, ing ngriki prêlu kacariyosakên, bilih ing agami Islam punika manawi dipun wigatosakên sayêktos kanthi miturut sêrat suci Al Koran tuwin Hadis, ing ngriku badhe kanyatan, manawi tiyang èstri kêdah dipun luhurakên darajadipun.

Jagading Wanita

Sabaring biyung

[Mijil]

kongsi ewuh gon sun ngrasa ati / kang enak linakon / darbe anak padha nakal kabèh / durung wêruh ala lawan bêcik / kang wajib dèn udi / ing sampurnanipun //

luwih ewuh ing rina lan wêngi / ajêg kudu momong / lan mêruhi sabarang lakune / kang mung murih nênuntun ing bêcik / aran dhêdhasari / kang kêbak pakewuh //

ing mulane wajibing pawèstri / aran luwih abot / sanadyan mung katone sapele / sajatine rêkasa kapati / dhasar nomêr siji / kang sabar ing kalbu //

awit nyata momong bocah cilik / aran luwih ewoh / bêbasane wong tuwa mangkene / sapa ingkang bangkit anyondhongi / sasat angêmongi / nata mudha punggung //

awit nyata narendra taruni / cake luwih ewoh / yèn tan dèn nut aran maksih rare / nanging lamun datan dèn turuti / yêkti mawèh sarik / dene nyata ratu //

kang tinêmu ing juru ngêmongi / kang wajib linakon / kudu momong sabisa-bisane / kanthi dêrêng linambaran ati / kang sabar nêrusi / pamawasing sunu //

dening bocah ingkang maksih cilik / karêpe kang katon / mung anggugu ing sasir dhewe /Kurang satu suku kata: mung anggugu ing sasire dhewe. yèn ta kongsi sulaya sathithik / nuli dadi budi / lan tangise nusul //

lan ing môngka tangis kang andadi / yêkti dahat ewoh / datan mênêng mung dèn êtogake / yèn dèn tulung malah jêrit-jêrit / kadhang gulung-koming / mung sarwa pakewuh //

apa baya jaluk ditangani / murih

--- 253 ---

dadi kapok / gampang janma nibakke tangane / malah-malah sok kêbanjur lali / dènira nangani / tinêmu kêladuk //

kang kadyèku êmpane nalisir / awit durung manggon / aran bocah kang durung mangsane / tinibanan sêrêngirèng ati / yogya dèn bir-imbir / sinangkan ing alus //

lawan idhêp ngajar maring budi / murih sabar manggon / awit kabèh iku sajatine / apan dadya tindak kang numani / tinêmune ugi / rahayu ing pungkur //

awit biyung pan tinitah wajib / maring anak momong / mrih pinardi lulus lastarine / ajêg eling aja pisan lali / dadi muring-muring / tiba maring sunu //

miwah lamun nuju pêtêng ati / kêtrambul ing kono / bocah padha nangis pating crêngèk / yèn lali ya kaya tan kêdugi / ing jagad mèh dadi / ringkês tanpa wujud //

awit nyata mêmêtêngi ati / mung mawèh salah ton / lir kêsaput pêtêng ing jagade / saya lamun nuju sukêr sakit / susah dadi siji / kongsi saksat ngurug //

jroning turu lamun krungu tangis / karasa ngrêrontog / rasaning tyas tan ana pindhane / kongsi lali rasèng nadhah guling / kang kacipta aming / putêk sungsun timbun //

parandene mung kudu nêtêpi / sabarirèng batos / awit kabèh wus aran wajibe / janma datan bangkit anyinggahi / sukur yèn tumuli / antuka pitulung //

nanging ingkang môngka kosok-bali / kalane kalakon / amarêngi nuju bulan gêdhe / anon bocah dolan waras sami / sarananing ati / kongsi sêsêg jujul //

dadya nyata ananirèng janmi / kalaning ra ngêmong / maring suta duk kalaning lare / tan lyan amung dhasar sabar ati / dadine numusi / tinêmu rahayu //

[Grafik]

Para lare-lare èstri ingkang sami arak-arakan nalika lêrês mekradan nabi, ing Surakarta, bidhal saking Sôntahartanan, badhe ngubêngi kitha.

--- 254 ---

Rêmbagipun Sêmar, Garèng lan Petruk

Bab pangudinipun dhatêng pangupajiwa

(Candhakipun Kajawèn ôngka 11)

Sêmar : Aku iya ora maido, yèn sakabèhing uwong kuwi kang diudi mung nyang kasênêngan, ananging nèk nganti kabèh mung padha ngudi siji bae, donyane rak banjur dadi ora karu-karuwan. Lagine siji-sijine uwong, upamane kasênêngane bisa tansah dituruti, ing môngka têmtune siji-sijining wong kuwi kasênêngane rak dhewe-dhewe, ewadene wusanane sing kuwasa ora bakal banjur ditrima kasih, ananging sabên dinane malah digrêmêngi lan diuni-uni. Amarga donyane rak banjur ora bisa têntrêm lan raharja.

[Grafik]

Garèng : Wiyah, Ma, pangandikamu sapisan kiyi sajake têka kaya ora klêbu nalar. Nèk rumasaku upamane sing dadi kasênênganing wong kuwi tinurutan kabèh, uripe nang donya kene rak iya ora beda karo nang swarga. Kaya ta: aku kêpengin dadi bupati wis bisa tinurutan, apa ora lêga nyang pikir, arêp dhahar sing enak-enak bisa kalakon, amarga blanjane sahohah. Arêp palêsir-palêsir mriksa bawahe, wis disadhiyani motor, kreta lan liyane manèh. Arêp ngingu sêlir sarèntèng, bisa dititipake nyang desa-desa, supaya dèn ayune ora priksa. Hara arêp apa manèh. Rama dhewe bae, apa ora lêga bangêt upamane papenginane dadi sudagar sugih bisa katurutan, sarèhne wis banyak phulus, sabên dina pagaweane ora liya mung rêngêng-rêngêng sinambi anggêbêg rôngka mangku rôndha.

Sêmar : E, bocah kiyi, sing dirêmbug mung kapenake, paite ora dipikir babarpisan. Sajake wis dadi kalumrahan bocah saiki kiyi sing diarêpake dhisik kasênêngane, nyang paite ora ngrêmbug babarpisan. Kaya ta yèn golèk pagawean, kuwi sing akèh sing ditakokake dhisik: blanjanyah brapah, tuwan, ora pisan-pisan anggagas apa iya bisa anglakoni pagaweane. Yèn wis tumapak nyambutgawe, sing digagas dhisik dhewe, kapan undhaking blanjane, ora mikir apa pagawean sing ditindakake kuwi wis kanggo. Mangkono uga panggagase nyang pangkat bupati, sing disawang mung blanjane sing sathekruk, ora mawas nyang pagaweane utawa gêdhening têtanggungane, apa manèh tumraping sudagar sugih, sing didêlêng kok mung kasugihane bae, ora mawas nyang rêkasane bisane ora dadi tiba kamlaratan lan liya-liyane. Mungguh anggonku ngomong, yèn kabèh kasênênganing uwong bisa

--- 255 ---

katurutan, donyane bakal ora aman, sing wis cêtha bae mangkene: panuwune wong sugih supaya barange bisaa tansah mundhak-mundhak bae, para kêminis supaya barange wong sugih dibagi rata kayadene wêwarahe: duwèkmu iya duwèkku, bêndara mantri dhudhuk arêp ngangkuti barange sapa bae sing kabênêr lena panjagane, hara, yèn kabèh-kabèh mau tinurutan, apa donya iki ora dadi karang abang. Dene anggone sing kuwasa sabên dina digrêmêngi lan diuni-uni ingakèh, tuladan sing cêthèk-cêthèk bae mangkene: panuwune para tani mênyang Pangeran, kuwi supaya pinaringana udan akèh, cikbèn tandurane bisa olèh banyu kacukup, kang bisa anjalari akèhing pangasilane, upamane panuwunane mau tansah dituruti, satêmah udane têrus grêjih bae, kuwi golonganing tukang pênatu mêsthi banjur mêncak-mêncak bae, anggrêmêngi lan muni-muni marang sing Kuwasa, jalaran sabab dening udan grêjih mau, banjur ora ana panas, kang anjalari kumbahane ora padha garing, wusanane pangasilane iya banjur suda.

Petruk : Wah, Ma, piwulange para sêpuh sing unine mangkene: sing sapa mantêp panuwune, wis mêsthi bakal tinurutan, kuwi têka ora cocog pisan-pisan karo kaanane, kaya ta : anggonku kêpengin bisa dibênum dadi kasir ora karu-karuwan têmênan, nganti dak lakoni sabên bêngi nêpi kuburan... ning saka ngomah, salat kajat... ning wakil kaume, ewasamono tumêkaning saiki mêksa ora bisa dadi.

Sêmar : Lha, anggonmu ora bisa dadi kuwi saka wêlasing Pangeran mênyang awakmu, awit wis têtela yèn kowe kuwi ngadhêpake bangêt marang kasênêngan lan karoyalan, dadi yèn kowe nganti bisa kalakon dadi kasir, saking anggonmu arêp nuruti hawa napsumu mau, bisa uga wusanane banjur lali, yèn dhuwit kas kuwi dudu duwèkmu lan banjur koangkat sapêthi-pêthine pisan. Kang mangkono mau kêna tak upamakake biyung sing duwe anak têlu. Kalane kapinuju mangan, anake sing tuwa dhewe diwènèhi lawuh iwak bandêng, sing nomêr loro iwak pitik, dene sing nom dhewe dhiwènèhi iwak êmpal, hara, rak iya wis mêsthi bae ta yèn bocah sing cilik dhewe mau banjur ora nrima. Rumasane disêngit ing wong tuwane dhewe. Ora ngrêti yèn dhiwènèhi êmpal kuwi sabab saka wêlase, awit iwak bandêng kuwi ana êrine, ing sarèhne isih cilik durung ngati-ati, dikuwatirake nèk kalolodên êrine, mangkono uga iwak pitik, kuwi sok ana balunge, bocah cilik nèk ora ngati-ati mangane, bisa uga agawe pitunaning awake, seje karo iwak êmpal, balunge wis ora ana, kathik dithuthuki ngati êmpuk nyunyut têmênan, dadi nèk dipangan ora nguwatirake apa-apa. Mulane wong kuwi bok iya sing nrima nyang pandum, aja tansah ngangluh yèn lagi ginanjar lara, aja surak-surak yèn lagi nômpa kabungahan.

(Badhe kasambêtan)

--- 256 ---

Waosan lare

Dongèng Dèwi Mênurseta

XIII. Sang Prabu dhaup karo Dèwi Mênurseta

[Mijil]

ing saiki critane nyêlani / ulihing lêlakon / kocap ratu iya kang ramane / Mênurseta anane saiki / bangêt mêlasasih / ing galihe trênyuh //

awit emut mênyang putra-putri / sirna tanpa wartos / kaya priye mungguh kanyatane / mung ing batos uga wis mangrêti / yèn ilange kuwi / saka kangjêng ratu //

mung sang prabu bangêt gone ering / mênyang garwa anom / awit saka bangêt pangêmonge / lawan pancèn iya rada ajrih / mula jroning galih / mung araos bingung //

ambarêngi ing dina sawiji / nata olèh wartos / ulêm saka nata têtanggane / surasane ulêm arêp krami / lan putri linuwih / wus anèng kêdhatun //

sang aprabu kumênyut ing galih / angandika alon / o upama putraningsun biyèn / yèn isiha ya wis môngsa laki / jêbule saiki / ilang tanpa dunung //

saka bangêt kraos ing panggalih / tingale narocos / ing wusana mupus ing pêpasthèn / manungsa mung kari anglakoni / ananging saiki / amirêng sang prabu //

yèn bakale pangantèn sing putri / wus kaprah sabên wong / Mênurseta mau pêparabe / ing mulane sang prabu saiki / raose ing galih / bingah sêmu ngungun //

apa têmên yèn putrane putri / apa madha uwong / ing jênênge mêmadhani bae / sang aprabu nuli andhawuhi / maring pramèswari / jagong mantèn dhaup //

kangjêng ratu banjur dandos gêlis / lan dangu pangilon / hèh ta kaca-kaca kang sumendhe / wong sajagad sapa sing ngluwihi / ayune saiki / mêmadhani ingsun //

kaca matur yêktosipun gusti / nadyan dipun kêtog / èstri ing sajagad ing ayune / botên wontên ingkang anyamèni / lan pangantèn putri / ingkang badhe dhaup //

awit nyatanipun inggih gusti / kang pangantèn wadon / ingkang putra pun Mênursetane / sanalika kangjêng pramèswari / mèh-mêh ora eling / lan gliyêr mèh ambruk //

kêrot-kêrot wajane agathik / dhadha kaya jêblos / nanging banjur kêtungka rawuhe / sang aprabu ngajak budhal nuli / ing kono sang putri / mung katon anjabrut //

mêngko kocap wis mèh wayah bêngi / srêngengene ngayom / disambungi padhanging diyane / gon pangantèn sing arêp kêpanggih / saya angluwihi / dayan kibèhdiyan kabèh. murub //

rame bangêt dhayoh andalidir / nganti tanpa pêdhot / sabubare têmuning pangantèn / para tamu nglumpuk dadi siji / lah ing kono nuli / kocap prabu sêpuh //

ora pangling lan pangantèn putri / yèn putrane yêktos / nuli nyakêd dirangkul janggane / lan gandika kêmomoran tangis / o putraku iki / têmên sira Mênur //

sanalika kabèh tanpa mosik / mung padha andomblong / prabu sêpuh

--- 257 ---

banjur ngandharake / ing lêlakon ilange sang putri / nuli disambungi / Mênurseta tutur //

lêlakone kabèh nganti tliti / banjur prabu anom / nyariyoske kabèh kaanane / ing wêkasan tinêmu saiki / kumpul dadi siji / lêlakone gathuk //

êmung siji kangjêng pramèswari / tumungkul acêlom / lan sang prabu ical ing sabare / arêp malês ukum mênyang sori / nanging Mênurputih / mênggak ora mathuk //

awit kabèh wis kêtêmu bêcik / ora prêlu ngono / malah aja diraos-raoske / ing wusana wis têntrêm saiki / mantèn atut bêcik / prabu sêpuh rukun //

ing saiki crita Mênurputih / wis tamat kalakon / muga dadi sênênging atine / para bocah sing padha mêruhi / bèn srêgêp nênulis / crita-crita bagus //

Tamat.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès

Gêwès Madiun angsal urunan arta f 24,150 kangge andandosi margi Panaraga, antawisipun 25-26 tuwin sacêlakipun pal 38.

Jalaran saking lubèripun toya ing lèpèn Citarum, anjalari kêlêmipun sêsabinan ing Buah Batu, Bandhung, cacah 500 bau, ing satunggal-satunggaling panggenan ingkang kêlêm, ngantos tigang dintên, kapitunan dèrèng kasumêrêpan.

Kawartosakên jawah prahara ingkang nêmpuh ing Madiun kala malêm Salasa kapêngkêr, salêbêting kitha utawi sanès-sanèsipun mèh bêna. Ing hotpèstêre Saradan sisih lèr, sacêlakipun watês Rêmbang, manggih kapitunan agêng. Laladaning lèpèn Pakulan sami kêbênan. Ugi ing kampung Kêjuron, Klampok tuwin Gawèh ugi makatên, wontên griya 40 ingkang rêbah. Krêtêg 5 katut toya, ingkang risak kalih. Rajakaya tuwin kewan sanès-sanèsipun kathah ingkang tiwas. Kapitunan ing pakampungan tuwin boswèsên kintên wontên f 4.000,- sarèhning tiyang wau kathah ingkang kuli boswèsên, ugi badhe angsal lêlintu saking boswèsên.

Miturut suraosing motor règlêmèn rijbewijs punika wontên warni kalih, kangge pit motor utawi motor tumpakan, nanging sayêktosipun rijbewijs motor tumpakan wau inggih kenging kangge pit motor, awit ing ngriku ugi nyêbutakên tumrap tumpakan motor ingkang mawi sadhêl palinggihanipun tiyang ingkang nglampahakên. Punika prayogi dipun ewahi, bilih rijbewijs motor tumpakan botên kenging kangge sêpedhah motor.

Minôngka panyêgah dayaning agami Islam ing jajahan Republik Sopyèt pamarintah Sopyèt adamêl pranatan, ingkang pamurihipun têtiyang agami Islam lajêng santun ngangge cara Sopyèt. Ngawisi ngrampungi pasulayanipun têtiyang Islam sami Islam, ingkang miturut pranatan lami, nyukani urunan arta kangge agami, nikahan miturut cara lami, wayuh punapadene tata cara Islam, kados ingkang tumindaking krim tuwin kaokasus, punika badhe kasirnakakên. Sintên ingkang nêrak pranatan wau, badhe dipun ukum kunjara, dhêndha tuwin nyambut damêl pêksa.

Tiyang mangrêtos, bilih panguwaosing agami Islam dipun risak, tuwin tiyang komunis gêthing dhatêng agami. Ing sapunika têtiyang Islam ngraos piyambak, botên mawi dipun sumêrêpi rumiyin, bilih propagandhah wau dados pandhêlikaning satru.

Kawartosakên, ing ondêr dhistrik Karangkobar, Banjarnagara, kathah padhusunan ingkang katrajang ing sêsakit malariyah, wontênipun tiyang ingkang tiwas ngantos 12%.

Ing bab badhe wontênipun ringgit tiyang ing karaton Ngayogya, saking kaparênging karsa dalêm, sadaya prayantun gupêrmèn sami kaparêngakên sowan malêbêt, sarana mawi nyuwun karcis dhatêng Hadisuryan.

Sentralêwèrpêng komisi ing dhepisi ôngka II badhe pados têtiyang murih malêbêt dados saradhadhu, Kaptin Inpantri Suratman sampun ngaturi sêrat dhatêng tuwan rêsidhèn ing Surakarta, nyuwun pambiyantu bab badhe tumindaking pados tiyang wau.

Kawartosakên, bilih P.N.I. ugi badhe ngebahakên para wanita, murih iyêg tumut ebahing guru lakinipun.

--- 258 ---

Benjing tanggal 1 Juli ing Surabaya badhe dipun êdêgi kuiksêkul têngahan, sarta dipun wontêni ahli mulang muruk ingkang gadhah sêsêbutan doktêr in de paedagogie.

Ing tanggal kaping 11 wulan punika kalêrês dintên adêging karajan Jêpan sampun 25 jaman. Ing dintên wau kapal pêrang Ohi ingkang nuju labuh wontên ing Tanjungpriuk, wanci jam 12 siyang ngungêlakên mriyêm 21 rambahan. Enjingipun kapal wau dipun paratamoni para upsir laut tuwin dharat, ingkang badhe suka wilujêng dhatêng kumêndhaning kapal wau.

Kala tanggal 9 wulan punika, lèpèn Kunta, Pare, toyanipun lubèr, inggilipun ngantos samètêr. Griya-griya sami kêlêban, krêtêg ing Badhaslarut, lampahing tumpakan tuwin tram dhatêng Jombang sami kandhêg. Krêtêg ing Balongrêja tuwin Purwaasri ugi ambrol.

Badhe rawuhipun Sri Nata ing Siyêm benjing wulan Juni ngajêng punika ing Ngayogya, Grand Hotel sampun dipun prasabêni nyadhiyani kamar 50.

Bêna ing Brêbês sagêdhagan punika ragi anggêgirisi, ing salêbêting kitha lêbêting toya wontên 70 c.M. malah mindhak dumugi 80 c.M. Pakampungan-pakampungan sampun kados lèpèn. Sambêtaning lampah saking Cirêbon dhatêng Têgal botên sagêd babarpisan. Pulisi ingkang numpak pit motor botên sagêd langkung.

Kala tanggal 10 wulan punika Yong Yapha adamêl parêpatan wontên ing sus Mangkunagaran, Surakarta. Ingkang karêmbag: pêrslah taunan, pilihan bêstir, tuwin lèsêngipun ingkang garwa Mr. Singgih ing bab gêsang pasrawunganipun para wanita, punapadene bab wawasan Chung Hwa konggrès ingkang mêdhar sabda Tuwan Suharta.

Sawênèhing ajung klèrêk tiyang siti ing kantor pos Simpang, Surabaya, nyalingkuhakên arta f 1800, tiyangipun lajêng miruda.

Ing ondêr dhistrik Cirêbon, dipun titipakên dening pangagênging paprentahan nagari, bilih wontên pès tikus.

Ing salêbêtipun wulan Nopèmbêr kapêngkêr, kapalipun Kaji Sultani ing Panjang Wetan, Pakalongan, katrajang ing sakit pilêg, saha lajêng sampun kapêjahan, saha lajêng kapurih ngrêsiki gêdhoganipun. Nanging bokmanawi dèrèng kalampahan rêrêsik, awit sarêng wulan Januari, ing ngriku wontên kapal pêjah malih. Sapunika dipun prentahi kêncêng, supados rêrêsik.

Sasampuning konggrès P.S.I. up bêstir nêdya ngêdêgakên Nationale onderwijs Federatie, ingkang dipun pasrahi dados pursitêr Radèn Mas Suwardi Suryaningrat. Nanging Radèn Mas Suwardi nawèkakên dhatêng Dhoktor Radèn Mas Sasrakartana, dhirèktur Mulo Taman Siswa ing Bandhung. Nanging bab wau botên katampèn, awit Radèn Mas Sasrakartana piyambak sampun kêkathahên padamêlan.

Kyai Muhamad Yusup ing Sumpyuh, ingkang sampun kawartosakên misuwur sagêd anjampèni sawarnining sêsakit, sapunika kawartosakên, bilih anggènipun anjampèni sarana maku wontên ing blabag, ingkang dipun paku sawênèhing aksara ingkang kasêrat wontên ing blabag ngriku, asli saking rapaling Kuran.

Kala tanggal kaping 8 wulan punika Paduka Tuwan Dr. Rutger calon gupêrnur Surinamê sampun bidhal saking Batawi dhatêng nagari Walandi, numpak baita S.S. Yulianah, kathah ingkang sami nguntapakên saha sami misungsung sêsêkaran.

Ingkang badhe kapatah andhèrèkakên Sri Narendra Siyêm salêbêtipun wontên tanah Jawi, panjênênganipun Tuwan H.Th. Ament, asistèn residhèn ing Surakarta.

Kala ing dintên Kêmis kapêngkêr, ing pakunjaran Ngayogya, bagean tukang sêpatu, wontên pasakitan sami suduk-sudukan, ingkang satunggal kataton kalih panggenan.

Dhepartêmèn yustisi sampun angrampungakên ordhonansi ing bab nikah Kristên têtiyang siti. Ing sapunika golongan Kristên wau badhe angsal wêwaton têtêp ing bab salakirabi.

Jalaran saking bêna ing Klathèn kêpêngkêr punika, adamêl kapitunan agêng, tanggul-tanggul ing lèpèn kathah ingkang rêbah. Makatên ugi kabudidayan-kabudidayan inggih sami manggih kapitunan, nanging tumrap kapitunan tanêman namung sakêdhik.

Asistèn wadana ing Sêcang, Magêlang, sawênèhing dintên badhe ngêbèl tilpun, sarêng cêlak tilpunipun dipun sambêr gêlap, asistèn wau lajêng botên èngêt. Sarêng èngêt lajêng botên sagêd wicantênan, drijinipun tugêl kêkalih.

Ing wulan punika ing Ngayogya badhe wontên sêsorah umum, manggèn wontên ing pamulangan Adidarma, urutipun ingkang sêsorah tuwin uruting tanggal: kaping 14 Mr. Suyudi, sêsorah anggêring praja (Staatsrecht). Kaping 21 Dr. Sukiman, bab parlêmèn (parlementaire actie) tuwin tanggal 28 Radèn Man Suryapranata, prakawis pakêmpalan tunggil damêl (vak organisatie).

Pawartos saking Rêdhaksi

Tuwan S. Wiyata, Purwaasri. Panjurung botên kapacak. Ing bab anggèn panjênêngan badhe ngarang cariyosipun tiyang Kalang tumuntên kakintuna.

Lêngganan Kajawèn 2583. Panjurung panjênêngan kanthi gambar botên kapacak, amargi gambaripun kalitên, botên kenging dipun angge klise. Mênggahing gambar, alit-aliting ukuranipun kêdah 9x12 c.M.

--- 259 ---

Wêwaosan

Sêsupe agêmipun Rajaputri ing Seba

15. Pharaoh adamêl susah kula sadaya

Shadrach lajêng ambalang mawi sela saha anatoni sukuning sagawon. Pharaoh punika satunggiling sagawon ingkang agêng lan kiyat, ing sanalika lajêng ngrangsang kalamênjingipun, lan kula ngintên, bilih sagawon sayêktosan badhe nyakot amêjahi pun Shadrach wau. Tujunipun sadèrèngipun kêlampahan wontên punapa-punapa kula sagêd anggondhèli sagawon wau, ananging rainipun Shadrach lajêng kêtingal malih sangêt, ngantos angèl dipun supèkakên, ingkang kala punika warninipun sampun sawarni eblis.

Salajêngipun, kula lajêng mapan tilêm, ing batos gadhah gagasan: punapa pangaso kula punika botên ingkang wêkasan piyambak, ingkang kula lampahi wontên ing donya punika, lan punapa inggih sagêd kalampahan, kula sagêd pinanggih anak kula jalêr malih.

Sarêng mèh sontên kula lajêng tangi jalaran wontên swara rame, ing ngriku ingkang kamirêngan cêtha piyambak swaranipun Higgs ingkang kêmèng, kala punika Propesor Higgs nglairakên têmbung-têmbung ingkang botên prêlu dipun wangsuli wontên ing ngriki malih. Panjuguging Pharaoh tuwin panggluruhing salah satunggiling tiyang Abati inggih sumêla wontên salêbêting swara rame wau. Kula lajêng lumajêng mêdal saking pakuwon kula, saha lajêng sumêrêp kawontênan ingkang nganèh-anèhi sangêt, inggih punika Propesor Higgs mithing sirahipun Shadrach saha anjotosi irungipun. Sêrsan Quick ngadêg ing sacêlakipun ngriku, kanthi nyêpêngi kalungipun Pharaoh wau, kalungipun wau ingkang dipun angge wacucaling unta ingkang pêjah wontên ing margi. Sêrsan Quick anggènipun ningali têtingalan wau kêtingal sênêng kanthi grêgêt-grêgêt. Sawatawis tiyang Abati akubêng ing ngriku, tanganipun suraweyan kados adatipun tiyang wetanan. Dene pun Orme botên wontên, jalaran kalêrês sawêg tilêm.

Kula cêluk-cêluk makatên: kowe kuwi lagi apa Higgs.

Kowe - apa - ora - wêruh - kiyi. Panyêngèkipun Propesor Higgs, satêmbung-têmbungipun kanthi anjotosi irungipun Shadrach. Aku kiyi lagi nuthuki sathithik, êndhase wong sing èlèk kiyi. Lho, lho-lho, kowe arêp nyokot. Ya tampanana manèh ta iki, yaiki, yaiki, yaiki. Astaga, untune athik atos têmên. Ha kiraku dhèwèke saiki wis warêg. Salajêngipun ujug-ujug piyambakipun lajêng nguculakên tiyang Abati wau, ingkang nuntên dhawah ing siti saha lajêng gêrêng-gêrêng. Kônca-kancanipun ingkang sami nyumêrêpi dhatêng kapalanipun ingkang kacilakan wau, lajêng sami majêng kanthi ngancam dhatêng Higgs, malah salah satunggal wontên ingkang ngunus ladingipun.

Sêrsan Quick awicantên: Le, barang kuwi sêlapna manèh, nèk ora, asu iki tak sandêrake nyang kowe. Bandara dhoktêr, punapa panjênêngan ngasta pistul.

Sanadyan tiyang wau botên ngrêtos dhatêng omonganipun Quick, ananging pikajênganipun, sajakipun inggih sumêrêp, tandhanipun ladingipun lajêng dipun talêsêpakên, saha lajêng wangsul dhatêng kônca-kancanipun malih, makatên ugi Shadrach ugi lajêng tangi saha lajêng ngêmpal kalihan sanès-sanèsipun. Sarêng sawatawis mètêr têbihipun, piyambakipun lajêng nolèh lan anyawang Higgs kanthi mripatipun ingkang ambêndhul, piyambakipun wicantên makatên: He wong kapir, têmtokna, yèn kang mangkono mau bakal tak eling-eling lan ing têmbene kowe bakal nômpa piwalês.

Kala punika Orme dhatêng ing ngriku kanthi angob-angob, saha lajêng pitakèn: Mêntas ana apa ing kene.

Wangsulanipun Propesor Higgs botên mèmpêr babarpisan: Upama anaa sorbèt nganggo ès, aku gêlêm ambayar limang rupiyah. Sasampunipun lajêng ngombe toya tawa wontên ing blèg ingkang mawa êndhut, saking Sêrsan Quick, dipun ombe ngantos têlas. Sarêng sampun dipun ombe lajêng dipun sukakakên wangsul kalihan wicantên: Sanadyan kaya ngene banyu iki, luwih bêcik tinimbang ora olèh banyu babarpisan. Ananging pancèn ngono, ngombe banyu adhêm kaya ngene iki, ambêbayani manawa awake panuju panas. Mungguh pitakonmu ana apa ing kene kiyi, iku ora ana apa-apa kang pantês diwigatèkake. Sing wis kalakon, yakuwi Shadrach arêp nyoba ngracun Si Pharaoh, ya mung kuwi thok. Saka papanku aku wêruh, yèn Shadrach mênyang tong wadhah obat, anlêsêpake daging têlês sairis ana ing kono sarta banjur diuncalake mênyang Pharaoh. Tujune aku bisa nututi lan banjur ambuwang iwake mau liwat ing

--- 260 ---

tembok. Dene yèn kowe arêp nêksèni dhewe, mara coba tilikana ing kana. Aku banjur takon mênyang Shadrach, genea dhèwèke nindakake kang mangkono mau. wangsulane jalaranane supaya asune ora bisa rame-rame samôngsa liwat barisaning wong Fung, lan omongane mau kanthi disambungi, manawa kewan mau sajatine kewan alasan, tandhane nalika esuk mau arêp nyokot dhèwèke. Jalaran saka iku, aku banjur nêpsu bangêt, nganti aku banjur nrajang nyang dhèwèke. Sanadyan aku iki wis rong puluh taun ora tau jotosan, sadhela bae aku wis ngalahake dhèwèke, jalaran sabênêre, wong Abati iku ora ana sing kêrêngan nanggo kêpêlane. Mara ta sêrsan, aku wènèhana sathithik manèh.

Orme ngangkat pundhak sarta wicantên makatên: Pancène mono luwih utama upamane ngêntènana yèn aku kabèh wis tumêka ing Mur, ananging iya ora prêlu upama dirêmbuga manèh, lan aku mêsthi niyat anglakoni mangkono uga, upamane wêruha yèn dhèwèke mau arêp ngracun Pharaoh, rak iya ta Pharaoh, lan Orme nuntên ngêpuk-êpuk êndhasing sagawonipun. Kula sadaya pancèn inggih rêmên dhatêng kewan punika, sanadyan ingkang dipun rêmêni sagawon wau namung pun Orme piyambak.

Salajêngipun Kapitan Orme anyambêti wicantênipun makatên: Dhoktêr, bok jajal irunge Shadrach iku prêbanên, lan prêdinên supaya bisaa sabar. Dhèwèke wèhana bêdhil, - ora dhing, aja dhisik, bisa uga dhèwèke ambêdhil kancane dhewe saka ing buri, kôndha yèn ora dijarag. Luwih bêcik janjinên bae, yèn arêp diwèhi bêdhil siji, sawise têka ing Mur, aku ngrêti yèn dhèwèke iku kapengin bangêt anduwèni bêdhil, jalaran dhèk anu kae aku ngonangi, kalane dhèwèke arêp nyolong bêdhil sanguku. Janjinên bae sakarêpmu, anggêre dhèwèke bisa lilih bae.

Kula lajêng murugi dhatêng Shadrach ambêkta gêndul jampi tuwin plèstêr sawatawis. Kala punika Shadrach dipun kupêng ing para kancanipun ingkang sami nglêlipur. Shadrach piyambak sajak nangis saking jèngkèlipun, dening rumaos têdhaking bôngsa luhur têka dipun damêl wirang makatên. Sasagêd-sagêd kula inggih ngrêrapu murih sabaripun. Salêbêtipun kula nutuli rainipun ingkang biru èrêm mawi jampi, kula nêgês-nêgêsakên dhatêng piyambakipun, bilih sadaya wau pungkas-pungkasanipun inggih lêpatipun piyambak, jalaran rak inggih botên pantês sangêt, ta, ingatasing piyambakipun badhe ngracun Pharaoh, dene sababipun Pharaoh namung badhe nyakot piyambakipun. Shadrach amangsuli: Bilih dede punika ingkang dados sabab-sababipun, ananging - salajêngipun kanthi têtêmbungan angalawèr, piyambakipun andongèngakên dêdongengan, kadosdene ingkang sampun kacariyosakên dhatêng Propesor Higgs, anggening nyariyosakên bab malês ukum sakalangkung wantêr, ngantos samangke kula anggêp wanci anyabarakên manahipun.

Wicantên kula: Shadrach yèn kowe ora anjabêl omonganmu mau, aku bakal mrintahake ambalênggu marang kowe, lan kowe banjur takkon anggantung. Lan manèh kiraku, aku kabèh luwih bisa slamêt, anggoning ngliwati panggonane wong-wong Fung manawa aku kabèh bisa ninggal mayitmu ana ing kene.

Sarêng piyambakipun mirêng têtêmbungan kula makatên wau, wicantênipun lajêng malih sangêt, saha piyambakipun lajêng anglairakên, bilih ngrumaosi kalêpatanipun. Sarêng tatu-tatunipun wau sampun dipun prêban, piyambakipun lajêng murugi Propesor Higgs ngambung tanganipun, grunêngan nyuwun pangapuntên, saha lajêng nyupatani badanipun, bilih piyambakipun badhe nyupèkakên sadaya ingkang sampun kalampahan sadaya wau. Makatên ugi piyambakipun anglairakên gênging katrêsnanipun dhatêng Propesor Higgs kadosdene sadhèrèkipun jalêr tunggil wêlat.

Higgs ingkang babarpisan botên gadhah watêk sêngitan mangsuli makatên: Bêcik bangêt, mung bae aja kopindhoni anggonmu arêp ngracun Pharaoh, aku uga gêlêm janji nyang kowe, yèn aku bakal anglalèkake kabèh kang wis kalakon kiyi, anggêre bae aku kabèh wis têkan ing Mur kanthi slamêt.

Sêrsan Quick ingkang tansah ngawasakên lêlampahan ingkang makatên wau lajêng anyaruwe sajak nyêngès, panyaruwenipun: bandara dhoktêr, sajakipun kok sampun sae babarpisan, watêkipun nêpsu sampun ical, botên angênggèni watêk walês-winalês, ananging angênggèni watêkipun tiyang sae, angambungi tangan ingkang mêntas nêmpiling sirahipun. Ananging kadosa pundi kemawon, kula mêksa botên pitados babarpisan dhatêng pun babi punika. Omonganipun wau lajêng dipun sambêti kathi têgês ingkang wigatos kados makatên: Ing môngka mangke dalu punika badhe pêtêng sangêt.

Kula botên amangsuli wicantênipun Sêrsan Quick, sajatosipun kula cocog sangêt dhatêng wicantênipun Quick wau, ananging kula sadaya botên sagêd adamêl punapa-punapa, tuwin malih manawi lajêng ngrêmbag punapa-punapa ingkang botên nyakecakakên, punika rak inggih badhe botên nyaèkakên prakawisipun.

Lajêng kasaput ing dalu, lan sajakipun dalu punika badhe wontên prahara agêng, lampahing mega rikat, anginipun agêng, niyat kula sadaya sumêdya pangkat sasampunipun srêngenge angslup sakêdhap malih, dados kula sadaya taksih gadhah wanci malih kintên-kintên saêjam. Ing sarèhning sampun rampung anggèn kula ngêpak-êpaki, lan ugi sampun mitulungi ngêpaki bêbêktanipun Propesor Higgs, kula kêkalih lajêng madosi Orme kalihan Quick.

(Badhe kasambêtan)

--- [421] ---

Ôngka 14, 26 Ruwah Taun Jimakir 1858, 18 Pèbruari 1928, Taun III

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [261] ---

Ôngka 14, 26 Ruwah Taun Jimakir 1858, 18 Pèbruari 1928, Taun III.

Kajawèn

Kawêdalakên Sabên Dintên Rêbo lan Saptu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Krêtêg Gantung ing Lammeulo Pidie.

[Grafik]

Krêtêg ingkang kados makatên punika têtêp nama krêtêg gantung, wujudipun gumandhul wontên sanginggiling lèpèn, tiyang ingkang lumampah rumaos kados ngambah ing bandhulan.

--- 262 ---

Raos Jawi

Rumaganging Pôncadriya

Tiyang wiwit lair wontên ing ngalam donya, sasampunipun sagêd mirêngakên swara, sagêd ningali wawarnèn, lajêng wiwit angraosakên tumandanging pôncadriya. Mênggah tumandanging pôncadriya wau, wosipun gadhah kajêng murih kalêganing pangraos ingkang tumandang ing damêl.

Ing sakawit pôncadriya têbanipun taksih ciyut sangêt, inggih punika kalaning taksih lare, dangu-dangu saya mindhak-mindhak lajêng dados diwasa.

[Grafik]

Tiyang ingkang sampun umur 100 taun.

Pôncadriya punika salaminipun tansah manut dhatêng tumindaking umur-umuran, mila manawi dipun manah makatên, ewah gingsiring wêwatêkaning tiyang punika inggih namung ngênut saking indhaking umur, punika tansah nglantur ewah-ewah ngantos dumugining wêkasan pisan.

Kasênênganing lare alit namung narimah dhatêng barang sapele, sanadyan gadhaha panêdha punapa-punapa, inggih namung gampil-gampilan. Manawi nangis cêkap dipun ênêng-ênêngi dolanan utawi têmbung manis.

Dangu-dangu lare mindhak umuripun, pêpenginganipun inggih mindhak, sampun sumêrêp dhatêng pamantês ingkang mikantuki dhatêng badanipun, mila sok lajêng tuwuh gadhah panêdha warni-warni, nanging inggih taksih kêgolong dhatêng pakartining lare.

Ing ngriku umuring lare sampun ngambah sumêrêp ing lêrês lêpat, nanging dèrèng mulur kados panggagasipun tiyang diwasa, mila cacahing piwulang, saupami warni prajurit, tansah pêpêrangan tandhing, lumuh yèn kasorana. Nanging wantuning dhawahing piwulang saking tiyang sanès punika mawi kinanthenan daya, sagêd mêpêrakên dhatêng ingkang kawon dayanipun, mila pun kawon daya (lare) inggih tansah kêsêsêr kemawon, wêkasan manut miturut sapangrèhipun ingkang suka pitutur, tuwin lajêng nama tiyang kêdhasaran ing piwulang. Inggih punika wujuding lare manawi sampun kêtumpangan wulanging tiyang sêpuh utawi gurunipun.

Rumasuking piwulang dhatêng lare, dangu-dangu lajêng mèh manjing dados dhêdhasar, dening sampun botên ngrumaosi, bilih kasusilan, kagunan tuwin kapintêranipun punika tuwuh saking tiyang sanès, malah dangu-dangu lajêng tumindak sagêd mulang dhatêng tiyang sanès gêntos.

Lêlampahaning lare ingkang sampun kêpêngkêr, tumrap ingkang nglampahi botên ngrumaosi, nanging lajêng karaos, bilih nyatanipun sampun manggèn ing jaman sanès, tôndha yêktinipun, rumiyin tansah dipun thole ing tiyang, sapunika sampun dipun kakang ing tiyang sanès gêntos.

Tuwuhing têmbung panguwuh: kakang, sanalika ngriku

--- 263 ---

adamêl rumaosipun ingkang dipun uwuh, nanging bokmanawi inggih lajêng rumaos, awit salugunipun, ing sapunika sampun botên ngrumaosi dados lare malih, sumêrêp caranipun nyandhang ngangge ingkang sarwa sae, rêmên ngêngisik badan, ingkang murih dados rêsik gumrining, tuwin sagêda adamêl rêsêping tiyang sanès ingkang sêsrawungan. Dene sayêktosipun, patrap makatên punika nama tumapaking tiyang ngambah diwasa, lan angênggèni caraning birai, punika têtêping pôncadriya sampun ngancik diwasa.

[Grafik]

Bayi nêmbe lair, dèrèng kêdunungan ngakal budi.

Dangu-dangu tiyang diwasa kagèt ing manah, dene sapunika mirêng dipun undang bapak ing tiyang, nanging inggih lajêng ngrumaosi, bilih sapunika sampun nama dipun bapa-bapa ing tiyang sanès.

Sasampunipun ngambah jaman kados makatên, ingkang sampun ngrumaosi dados tiyang sêpuh lajêng ngwontênakên panimbang ngambahipun dhatêng jaman enggal punika, lajêng amalik gagasan, anggènipun rumiyin tansah dipun wulang, sapunika nêdya mulang dhatêng tiyang sanès gêntos, mila ing ngriku lajêng wiwit anggêsangakên raosing manah, lan nyênyaring dhatêng sawarnining piwulang ingkang sampun dipun tampi, nêdya dipun bêsut murih langkung sae tinimbang ingkang dipun tampèni. Ingkang makatên punika tumrap tiyang ingkang kêbuka ing manah, tamtu sagêd anindakakên têpaning piwulang ingkang dipun dhawahakên ing liyan gêntos, awit sampun nate ngraosakên awon saening piwulang ingkang sampun dipun tampèni.

Tiyang ingkang sampun saya mindhak umuripun, manawi purun ngraosakên, tamtu rumaos, bilih salêbêtipun taksih wontên ing jaman paramean, tansah manggih môngsa kobèt kangge ngraosakên awon saening lêlampahan ingkang pinanggih, awit awon utawi sae punika tansah kêtingal, lan tuwuhipun tansah timbal-tumimbal ngêtut dhatêng tumindakdingtumindaking. umur-umuran. Makatên malih wajib nyumêrêpi dhatêng rumaganging pôncadriya ingkang pangawak mêngsah inggih sajatining mitra.

--- 264 ---

Cariyos Wigatos

Kawontênanipun Sophyèt Ruslan ingkang Sajati

Candhakipun Kajawèn ôngka 13

VIII. Pêthikan saking sêrat kabar A.I.D.

Kabudidayan saha pabrik-pabrik ingkang kadadosakên gadhahaning tiyang sanagari

Sasampunipun arta saha Nep katindakakên, lampahing propagandhah lajêng dipun wangun dados satunggiling budidaya murih para kawula srêgêp anggènipun sami nyambut damêl, ing pundi-pundi dipun wontênakên bayaran ametang padamêlan, dene ing panggenan sanèsipun ingkang botên kenging kawangun makatên wau, lajêng dipun wontênakên premi, miturut sapintên angsal-angsalaning padamêlanipun, pramila sintên ingkang panyambutdamêlipun kirang, angsalipun arta bayaran inggih kirang. Manawi ambangkang wontên salêbêtipun nyambutdamêl, punika sanalika kenging lajêng kapêcat saking padamêlanipun, dene tumrap panindak ingkang mutawatosi, kados ta sumêdya nyoba ngicuk-icuk dhatêng têtiyang sanèsipun, punika kaanggêp kadosdene amêmêngsahan dhatêng nagari. Tumrap kaum bêrah kedah nyambutdamêl saha ambangun turut. Manawi salêbêtipun sawulan ngantos mlincur langkung saking tigang dintên tanpa sabab ingkang prêlu, punika lajêng kacopot saking padamêlanipun. Kajawi punika para ingkang nglurahi padamêlan sami dipun pasrahi têtanggêlan ingkang amumpuni.

Têtanggêlan ingkang samantên wau, sampun tamtu ambêkta panguwasa. Têtiyang ingkang sami anggadhahi kuwajiban nindakakên satunggiling padamêlan ingkang mêsthi, punika sami anggadhahi kamardikan agêng sangêt tumrap ngawontênakên pranatan-pranatan, ingkang sumêdya badhe kaêcakakên. Tindak sawênang-wênang dumèh nyêpêng panguwasa, punika ing tanah Ruslan kenging katamtokakên yèn botên kirang tinimbang ing pundi panggenan, malah kosokwangsulipun. Sêrêgan umum, ingkang kêrêp kêmirêngan, inggih punika bab pangayoman. Sabên tiyang ingkang gadhah panguwaos sakêdhik kemawon, manawi wontên lowongan padamêlan ingkang bayaranipun pantês sawatawis, lajêng nglêbêtakên sadhèrèkipun, kancanipun, lan... pamitranipun èstri. Sabên-sabên tiyang maos sêrêgan tuwin cariyosan ing bab punika ing sêrat-sêrat kabar Sophyèt, inggih wontên têtiyang ingkang lajêng dipun ukum jalaran ingkang makatên wau, ananging punapa dayanipun, manawi tiyang ingkang nindakakên kados ingkang makatên wau ngantos atusan, tuwin manawi bab punika katampi kanthi prasajan kemawon.

Makatên wontên satungiling panyaruwe ing sêrat kabar kitha ingkang tumuju dhatêng pangagênging apdhèling jèr-jèran waja ing papan panggaotanipun Tuwan Baars ing kitha Stalino. Pangagêng wau sampun angesahakên insinyur komunis sawatawis saha kaum bêrah komunis kêkalih, amargi saking botên [bo...]

--- 265 ---

[...tên] rêmênipun dhatêng bangsaning komunis, sasampunipun lajêng ngèndêli salah satunggiling punggawa ingkang sampun lami, minôngka dados gêgêntosipun ingkang lajêng katêtêpakên salah satunggil pamitranipun èstri, kanthi parentah, murih punggawa èstri enggal wau sampun ngantos katrapan padamêlan kekathahên. Prakawisipun lajêng kaurus dening pangadilan, sarêng kapriksa, pangagêng wau amangsuli makatên: apdhèling kula punika punapa pabrik punapa probêlsêkul, ingkang kêdah kula tungkulakên dhatêng padamêlan, têtiyang ingkang sami kula kèndêli punika sami botên sagêd nindakakên padamêlanipun, lan kula namung sagêd nyangkul têtanggêlaning padamêlan kula, manawi kula kenging milihi têtiyang kula piyambak, namung samantên atur kula. Manawi wohing padamêlan kula punika nyata botên sae, kenging anyaruwe dhatêng kula, dene sanès-sanèsipun, mugi kapasrahna dhatêng kula kemawon.

Makatên wau ugi sampun kalampahan, têtiyangipun komunis têrus kèndêl, mitranipun èstri lajêng anggènipun nyambut damêl, lan lêt sawatawis minggu malih, ing griyaning pangagêngipun panggaotan wau, lajêng dipun wontêni pahargyan agêng minôngka angurmati kamênanganipun wau.

Mênggah wontênipun pangayoman ingkang makatên wau ngantos sumrambah dumugi ing para kaum bêrah. Ing papan panggaotanipun Tuwan Baars ing Sêbèri, wontên satunggiling pangagêngipun pakaryan, ingkang nyambut damêlipun ngêmungakên kalihan têtiyangipun piyambak, para punggawanipun wau, wontên ing pundi-pundi sami anêrangaken, bilih pangagêngipun saklangkung sae sangêt, têtiyang wau sami asring atur-atur ayam tuwin punjungan sanès-sanèsipun minôngka pasêksèning tôndha katrêsnanipun. Kosokwangsulipun, pangagêng wau loma sangêt anggènipun maringakên premi, saha angidini nyambut damêl mirunggan, ingkang punika têtiyangipun inggih lajêng sami kathah pamêdalipun. Pangagêng punika ngantos nekad wani ngawon-awon dhatêng calon ingkang sampun, opisil tumrap pilian pangrèhipun pakêmpalan nunggil damêl. Bilih ingkang makatên punika satunggiling tindak ingkang saklangkung haram sangêt, kadosdene ingkang badhe katêrangakên ing Tuwan Baars. Salajengipun pakêmpalan nunggil damêl wau lajêng adrêng panuwunipun, murih pangagêng kasbut nginggil sanalika kapêcata saking kalênggahaipun, ananging pangagêng wau anggènipun ananggulangi panuwunan punika sarana akèn para punggawanipun supados adamêl sêrat katrangan ingkang mratelakakên, bilih pangagêng wau saklangkung sae sangêt tumrap para punggawanipun. Makatên ugi para komunis bawahipun inggih sami tumut nôndha tangani sêrat katrangan wau, ingkang makatên punika nama ngrisak tataning partènipun, amargi partènipun sampun amutusi, supados pangagêng wau kapêcata saking kalênggahanipun. Kalanipun têtiyang komunis wau wontên ing parêpatan ngajêngipun dipun saruwe ing bab punika, salah satunggilipun, inggih punika satunggiling tiyang ingkang sampun dados komunis sadèrèngipun tuwuh gegeran, amangsuli makatên: kula sagêd kadospundi malih. Manawi kula botên purun tumut nôndha tangani, sampun [sampu...]

--- 266 ---

[...n] tamtu manawi wontên saat malih, kula lajêng dipun kèndêdi saking padamêlan kula, kadosdene ingkang sampun kalampahan tumrap têtiyang sanès-sanèsipun, salajêngipun nuntên sintên ingkang badhe nyukani têdha dhatêng kula.

Makatên ugi ing têlênging nagari Mosko piyambak, lêlampahan makatên punika wontên ingkang katindakakên, inggih punika para panuntun sami anindak sawênang-wênang, jalaran anggènipun sami anggadhahi panguwasa. Ingkang makatên wau kirang langkung sawulan sapriki, dhirèkturing pabrik lampu ing Mosko kapatrapan ukuman kunjara kalih taun laminipun, amargi katitik, bilih piyambakipun sampun pintên-pintên taun laminipun amêksa dhatêng para punggawanipun èstri murih sagêda tinunggil raos, kanthi ancaman, manawi ambangkang badhe kapêcat saking padamêlanipun utawi kapindhah ing panggenan sanès ingkang langkung sakêdhik bayaranipun ananaging langkung awrat padamêlanipun, dene para pawèstri ingkang sami dipun trêsnani, kanthi patrap warni-warni, sami dipun sakecakakên.

Punika sadaya sami tumindak sawênang-wênang jalaran anggadhahi panguwasa, ingkang makatên punika kathah sangêt, sanadyan ta sampun têmtu botên ing pundi-pundi makatên. Mênggah sêdyanipun Tuwan Baars angandharakên lêlampahan ingkang têlas-têlasan wau, namung badhe angatingalakên, sapintên wêwênanging para pangajêng tuwin para panuntun ing ngrika, lan ingkang sajatosipun botên wontên bedanipun kalihan panggaotan-panggaotaning para kapitalis. (Badhe kasambêtan)

Bab Kasarasan

Ajêg Anggêgulang dhatêng Kasarasan

Ing jaman nalika dèrèng wontên dhoktêr, botên kêkirangan tiyang ingkang sêgêr kasarasan badanipun, dene jalaranipun botên wontên malih kajawi namung saking kulina anggêgulang dhatêng kasarasan.

Tumrap ing dhusun-ngadhusun, kathah tiyang ingkang pinanggih sampun sêpuh malah sampun nini-nini tuwin kaki-kaki ingkang taksih kêtingal kêngkêng, mênggah cariyosipun ingkang nglampahi, jalaranipun makatên:

Wiwit lare, manawi tangi botên nate kêrumiyinan ing tumuruning ayam. Satanginipun tilêm tamtu lajêng tumindak ing damêl ingkang damêl ènthènging badan. Tumrap tiyang jalêr inggih lajêng tumindak ing damêl dhatêng sabin, kêcèh toya ingkang sampun botên araos asrêp, dening sampun kulina, badan kangge ngangkat damêl ingkang sagêd ngebahakên badan, ngantos karaos angêt, malah ngantos kringêtên. Tumrap èstri, wanci umun-umun prêlu rêrêsik rumiyin, nyapu latar ngantos ngilak-ngilak, tuwin rêrêsik salêbêting griya ngantos kêtingal gumrining, pikantukipun kajawi enjing ngebahakên badan, rêsiking papan pakarangan, salêbêting griya, sami adamêl kasarasan.

Têtiyang ing padhusunan, sanadyan botên mangrêtos, bilih toya punika andayani dhatêng kasarasan, [kasara...]

--- 267 ---

[...san,] ewadene sami kulina adus enjing sontên, prêlu kangge ambucal lungkrahing badan samôngsa mêntas saking nyambut damêl.

Wancining nêdha ajêg sabibaring nyambut damêl, nêdhanipun sêmbada kados karosaning panyambutdamêlipun, botên prêlu ngudi sarananing nêdha eca saking ulam-ulaman tuwin olah-olahan ingkang miraos, awit sabên nêdha sampun ambêkta lawuh lidhah garing, ingkang sampun dangu dipun olah miraos, mathuk dados lawuhipun tiyang luwe. Pathokanipun tiyang nêdha namung waton tuwuk, tuwin tuwuk ingkang sayêktos punika, salugunipun pinanggih wontên ing panêdhanipun tiyang luwe.

[Grafik]

Sawangan ing papan kasarasan, botên beda kados kawontênaning polatanipun tiyang, ingkang guwayanipun rêsik gumrining.

Tilêmipun tiyang dhusun, manawi dipun timbang kalihan tiyang kitha, ajêg tiyang dhusun, kenging dipun wastani taksih sontên sampun tilêm, nanging tilêmipun wau rumaos nikmat saking sayah mêntas nyambut damêl ing wanci siyang. Pakulinaning tilêm, sagêd angraosakên sêgêring hawa ing wanci dalu, angin rinaos sêgêr, papaning patilêman ingkang ngoblag-oblag, rinaos kobèt kangge unjal napas ing wanci dalu. Lan wontênipun tilêm ing wanci sontên, kêbêkta saking sampun kulina tanginipun enjing, ngrumiyini palêthèking srêngenge. Gregah sampun rumaos pulih kakiyatanipun, botên kêlangoban saking kirang tilêm.

Têtiyang dhusun mèh botên wontên ingkang gadhah pakarêman ingkang dipun wastani maksiyatan, botên kok anggènipun botên purun wau jalaran saking sumêrêp sababipun, bilih maksiyatan punika damêl pangrisak, namung saking sabab botên mangrêtos dhatêng tumindaking maksiyatan.

Têtiyang dhusun tinêbihan ing manah ngôngsa, narimah gêsang ing satitahipun, sanadyan kêdunungana pangôngsa, inggih namung pangangsaning rumagangipun bau, botên gadhah cipta ngôngsa-ôngsa ingkang damêl risaking pikiran. Mila têntrêming têtiyang dhusun, têtêp kados gêsanging tanêm tuwuh, sanadyan têntrêmipun kêtingal tanpa budi, nanging sagêd murakabi ing akathah, anggèning ambanting kêkiyatan, wohipun [wohipu...]

--- 268 ---

[...n] kenging kadadak dados baku têdhanipun tiyang sapraja.

Wosipun mênggahing tindakipun tiyang dhusun, sèlèhipun namung mikantuki dhatêng kasarasan.

Mênggah tumrapipun têtiyang salêbêting praja kadospundi, tamtunipun inggih malah ngungkuli, awit mênggah têtiyang praja, ngakal budinipun tamtu langkung saking têtiyang ing dhusun, nanging sarèhning ingkang dipun rêmbag ing ngriki bab kasarasan, punapa botên prayogi dipun udi murih têtêpipun pinanggih. Têgêsipun sampun kêlintu ing tampi, ngêjibakên dumèh cêlak dhoktêr tuwin gampil angsal jampi panulaking sakit. Awit dhoktêr lan jampi makatên, pinanggihipun nama manawi sampun oncatankoncatan. kasarasanipun, mila prayoginipun ingkang ajêg anggêgulang dhatêng kasarasan, murih rahayu ingkang pinanggih.

Panglipur Manah

Panyaruwe Alus

[Mêgatruh]

pan wus lumrah tindaking wong anom iku / tan pêgat tanpa dêdugi / ing sasolahbawanipun / jinarag katona luwih / punjul pêpadhaning uwong //

amarêngi panuju ing ari Minggu / ing langit kawuryan rêsik / kadi mangajap ing sêmu / berag anglêgani ati / mèt sênêng saênggon-ênggon //

ana manèh janma anom kaduk bêsus / mung rada bagus sathithik / prandene pangrasanipun / ing jagad wus andhèwèki / golèka tan antuk loro //

wus anggagas kala maksih umun-umun / mêngko ingsun bakal plêsir / mênyan goning mitra karuh / wayah sore bae mulih / linggih sambi omong kosong //

ra-orane iya bêcik mlaku-mlaku / kanggo ngenggar-enggar ati / awit iki dina Minggu / mêsthi akèh wong sing plêsir / nyênyênêng ngasokkên batos //

wus kalakon tumindak wong anom iku / nganggo jarit latarputih / jas bukakan dhasi gandhul / ikête blangkon malipis / modhèle Solo amaton //

sêlop pêrlak gumrining katon ing sêmu / mawa nyangking têkên cilik / gêmbèlènge sajak patut / sinaruwa mung sathithik / ladak nanging rada tanggon //

pacithating mripat kadi mawèh sêmu / rarasing wong ulah budi / sanadyan nyatane durung / ananging wus ngrumasani / kêgolong bangsaning jêmpol //

awit ngrasa kalamun dhèwèke punjul / lan kêtutup sing pangrêti / basa Lônda rada baut / malah yèn mring sastra Jawi / rumasa wus rada kagok //

nadyan marang traping tatakramanipun / uga wus rada ngèmpêri / cakrak kadi Lônda lugu / marma êcake kêtawis / kathah dènira mangulon //

pan ing ngriku lakune wong anom iku / praptèng patamanan asri / anon wong satêngah tuwuh / lungguh nèng ngisoring uwit / kadi angraras lêlakon //

mung uminggu ngêmatkên kang kutut manggung / kang anggantêr mencok uwit / kang êkungira anggandhul / kadi angorêgkên bumi / tibaning kung mawèh notog //

wong taruna nulya nyêlak jajar lungguh / tan srônta têtanya nuli / paman [pama...]

--- 269 ---

[...n] andika puniku / punapa ta kang pinikir / dene ayêming tyas katon //

punapaa tan anon suwarnanipun / sêsawangan ingkang adi / lawan miyat ombyakipun / para neneman palêsir / kang samya nglêlipur batos //

awit mênggah limrahing janma puniku / kêdah sagêd milah ati / yèn kalaning pikir nganggur / ywa pisan dipun isèni / kaanan kang botên maton //

sanalika janma kang sinapa ngungun / nuli kêpêksa mangsuli / anggèr kula ragi ngungun / karsa andika punapi / dene katingal wigatos //

andikanta iku sadaya pakantuk / nanging tumrap kula yêkti / kecalan suwaraning kung / kang dahat ngênani ati / mirêngna ta ingkang yêktos //

wong taruna ngucap linut guyu guguk / la rak nyata cipta mami / tindak andika puniku / mênggahing wong ahli budi / mawèh pitunaning batos //

tiwas-tiwas panggagas ingkang ngêlangut / tan ngukup pakolih yêkti / beda lan wong ulah kawruh / sanggyaning tindak dèn jèni / awit wus uning wigatos //

nulya ngucap jalma kang sinruwe wuwus / anggèr kula wus mangrêti / dhumatêng karsanta iku / ing wose mung mêmaoni / mring sanggyèng lakuning kolot //

lamun sarju ywa tindak makatên iku / wusing ngucap tan cumuwit / nglajêngkên dènira ngrungu / swaraning kutut kang muni / hur kêtêkung lamban alon //

ngangingnanging. mêksa wong anom tansah amuwus / saya kaduk dènnya muni / wose rasaningrèngrasanirèng. kalbu / amung lampah mêmaoni / nulya ngucap lir mêmoyok //

paman-paman ywa pisan cuwa ing kalbu / mênggah sajatine ugi / kula pan amung salugu / kadi mêmèngêt sêsami / mrih uning maring kêmajon //

kang sinusinung. ling nulya ngucap dhuh wong bagus / kula pancèn eram yêkti / lamun janma anom iku / jêbul rêna dèn unèni / saking dènnya rêmên waon //

yêktosipun ing salaminira èstu / kula dèrèng amanoni / janma kang wignya ing kawruh / kadi andika puniki / samukawis sarwa notog //

lah punapa amor kula pedahipun / mindhak ngasorakên budi / kula trimah amor kutut / sampun ta andum basuki / janma anom nulya lolos //

[Kinanthi]

kanthi tyas akadung-kadung / angidung anyênyadhang sih / dasihe pêparabira / Mas Suadi nyêpêng kardi / carik panulung ondêran / Limbangan ing Kêndhal nagri //

kumacèlu nila atur / ing pangagênging rêdhaksi / ngudyana Bale Pustaka / ing Wèltêprèdhên mandhiri / angèsthi pitêdahira / kadipundi tiyang kardi //

karangan sasaminipun / carita kang makantuki / bilih yun amalêbêtna / ing Kajawèn kalawarti / tanapi ing sasaminya / punapa mawi tinulis //

sing pundi pamêthikipun / miwah sintên kang anganggit / punapa cêkap kewala / tinulis ingkang akardi / paringa sastra panêrang / mring ulun agung anganti //

titi pamêdharing kidung / ing wulan Ruwah marêngi / dasa dwi lèking candrama / Jimakir sêngkalèng warsi / risang dwipôngga raksasa / angèsthi sang maha aji //Sengkalan: risang dwipôngga raksasa angèsthi sang maha aji (12 Ruwah 1858 A.J., 4 Februari 1928 A.D.).

Suadi

...mênggah ing prayoginipun / lamun arsa nganggit-anggit / mêmiliha kang prayoga / kang tusing ulahing budi / murih dadya pakulinan / miyak pêpêtênging ati // lan uning mring raosipun / lêpas kawasaning budi / mrih ing têmbe dadinira / tan kawêkèn amanoni / mring silug myang sungilira / sanggyanira kang pakarti // dene kang môngka panuntun / trapipun ingkang prayogi / kêdah kang sarwa prasaja / ywa pisan wani ngakoni / andhaku gunaning liyan / pratelaa yèn mêmêthik // Red.

--- 270 ---

Kawruh Warni-warni

Pasinaon dhatêng Kamardikan.

Sajatosipun sêrik sangêt manawi dipun raosakên, bilih kita ing wêkdal samangke dèrèng matêng utawi dèrèng kenging dipun prêcaya, tumrap babaganing pangêmbat praja mangrèh Indhonesiah, ewadene sanajan makatên, kados prayogi mawi panalusuring manah, sabab dening punapa kita winastan makatên, jêr matêng utawi mêntahipun wau namung satunggiling panganggêp, ingkang yêktosipun sadaya-sadaya wau kêdah mawi pasaksèn sarta gêgandhenganipun kalihan babagan warni-warni. Ingkang dados bakuning kamardikan punika, perangan ingkang agêng dumunung wontên kamajêngan sarta kasusilan, dene kamajêngan sarta kasusilaning bôngsa wau, pinanggihipun saking tinarbukaning grêngsêngipun kawula piyambak, lan sampun pijêr namung ngajab pitulunganing nagari kemawon.

[Grafik]

Kasampurnaning kawruh ing Amerikah, tiyang sagêd damêl yêyasan ingkang angedap-edapi, wêwangunaning griya ngantos amêdal ngêlanguting gagasan. Punika gambar ing Wasington.

Praboting kamajêngan lan kasusilaning bôngsa punika, ingkang prêlu wontên tigang prakawis ingkang tumindakipun kêdah sêsarêngan, inggih punika: 1. grêngsênging manah kangge marsudi budi tumrap dhatêng sadaya kawruh utawi pamanggih ingkang prêlu-prêlu. 2. gêmi lan nastiti, tuwin 3. nênangi dhatêng kapurunan nyambut damêl.

Ing praja ingkang sampun susila kadosdene Eropah sarta Amerikah, abon-abon tigang prakawis wau sampun tumindak sarta wontên kalayan sampurna. Nanging tumrap ing laladan tanah kalairan kita, taksih nyamut-nyamut. Jêr tumrapipun pribumi, rumaganging damêl punika taksih mawi winatês, sanajana dhatêng sadaya pakaryan ingkang prêlu pisan, ngantos taksih mawi pitulunganipun pamarentah, inggih punika sarana pitulunganing piwulang sarta panggêsangan. Pitulungan punika wohipun sagêd nyudakakên krêkating manah dhatêng sadaya pandamêl.

Lare ingkang tansah angsal pambombong saking tiyang sêpuh, ing wanci diwasanipun dados kogung, sarta limrahipun kirang mlêtik nalaripun, ingkang adhakan kêsèd, sungkan, bodho sarta wêgahan. Amargi manawi sadaya kabêtahan namung tansah ngêndêlakên pitulunganing tiyang sêpuh, ing têmbe botên badhe sagêd nanggulangi pôncabaya, ingkang [ing...]

--- 271 ---

[...kang] nêdya tumanduk ing badanipun, ngantos manawi botên angsal pitulungan, kalajêng kathetheran. Kados para maos taksih sami wuninga, dhatêng kasrakating panggêsangan kala taun 1918-1919, ingkang kala samantên tuwuh bêbaya pacêklik, ngantos damêl girising manah sayêktos, dening winartos bilih sadhiyan simpênan pantun sampun nipis, kirang yèn minôngka jagining têdhanipun kawula.

[Grafik]

Yêyasan ing Eropah, ugi mujudakên ing bab kalangkunganing budi. Punika gambar Vredes-Paleis ing Dhênhah.

Bapa babuning kawula enggal cancut tumandang ing damêl, ngwontênakên sanjata pitulung sarana ngwontênakên panyadean uwos (rijstdistributie). Nanging sarêng sampun sirêp, luwar saking bêbaya pacêklik, ing gudhang-gudhang nagari taksih kathah sadhiyanipun uwos, ngantos tirahanipun wau kaliyêrakên dhatêng sudagar partikulir. Lêlampahan wau amracihnani sangêt, botên namung saking kawula kêkirangan têdha ing sawatawis, nanging ing ngriku sajatosipun kawula abên ajêng kalihan para sudagar, ingkang lêbda dhatêng lampah-lampahing panggêsangan, ingkang sêdyanipun namung murih sagêd angsal bêbathèn agêng. Ing sadèrèngipun wontên panyadean uwos nagari, para hartawan sampun sami sagêd pasang gêlar, sarana numbasi pantunipun têtiyang tani, ingkang lajêng kasimpên wontên ing gudhang, têmbe wingkingipun badhe kasade mawi rêrêgèn ingkang langkung saking ngêkat.

Têtiyang tani sumrambahipun dhatêng kawula umum, ingkang dèrèng kadunungan raos gêmi lan ngatos-atos, sampun kalêbêt ing gêlaripun para sudagar ingkang sampun lêbda dhatêng ubat-ubêting lampah dagang, inggih lêrês kala nyadenipun dipun tumbas dening sudagar kalayan rêgi awis, nanging wusananipun kadospundi, têtiyang tani gêntos dipun puh kanthongipun, rahayu dene pamarentah enggal-enggal tumandang ing damêl.

Raos ingkang makatên punika tumrapipun kawula [kawu...]

--- 272 ---

[...la] taksih tangèh, mila layak kemawon yèn panggêsanganipun kawula dèrèng paja-paja sampurnanipun, ingkang têmahipun kêdah taksih wontên pangayoman saking sanès. Sanajan makatên, katarik saking wahyaning môngsakala, kawula dèrèng katarbuka dhatêng lampahing gêmi lan nastiti wau, sanajan sampun anyêkapi, ewadene wujudipun dèrèng marêmakên manah. Bêgja sangêt dene pangayoman dhatêng andarbèni pasitèn dipun jagi sangêt, saiba botên makatên, ing dalêm kalanganing kawula tamtu sampun kecalan siti.

Mugi kaèngêtana, yèn kêbukaning purun nyambut damêl punika, badhe nuwuhakên sumbêring pangupajiwa, inggih punika ingkang minôngka têtalêsing kamajênganing bôngsa. Indhaking kasrêgêpan kita, badhe mahanani dhatêng wêwahing pamêdal, lan yèn dipun gêmèni sagêd dados bôndha ingkang agêng. Raos dhatêng mêmpênging nyambut damêl kêdah dipun udi, ngantos dados dhêdhasar kita ngudi dhatêng pangupajiwa.

Manawi taksih kalimput ing kêsèd, nama taksih kalêbêt wontên juranging kacingkrangan. Purunipun nyambut damêl malih kapêksa dening panglukuking padharan, manawi sampun kacêkap tadhahipun sakêpyakan, lajêng ngeca-eca kêndhangan dhêngkul, mangke manawi padharanipun sampun jedhoran, sawêg purun galiyak-galiyak rumagang ing damêl. Sampun tamtu kemawon, manawi grêngsênging nyambut damêl tansah winangkit, lampahing kamajêngan kita malah nêbihi.

Ing kalanganing bôngsa ingkang sampun nama majêng, anggènipun nyambut damêl botên namung wontên kalanganing kapriyantunan utawi dados kaum bau suku alus, nanging ing pundi kemawon botên tampik, padamêlanipun piyambak dipun garap kalihan tumêmên, wontên ing partikulir ugi botên sinirik, ingkang dados bakuning sêdya namung murih angsal kaskaya ingkang nyêkapi. Botên ngêmungakên ingkang sanès wêdalan pamulangan kemawon, sanajan ingkang pasinaonipun nyêkapi, angsal sêsêbutan misêr dhoktêr, inggih kathah ingkang nyambut damêl ing pakaryan partikulir.

Priyantun ingkang sampun pènsiunan, sadaya krêkating anggota dhatêng padamêlan inggih tumut pènsiun.

Margi saking kasêpênan grêngsênging pangudi sarta kamêmpênganipun nyambut damêl, botên anèh yèn ing dalêm kalanganing kawula, botên sagêd manggih kasagêdan enggal kados ing Eropah. Sampun malih pamanggih enggal, sawêg ingkang dipun mangrêtosi kemawon sungkan nindakakên.

Sadaya wau amracihnani, bilih jagading pribumi taksih kalimput ing pêpêtêng, dèrèng tinarbuka dhatêng abon-abon tigang prakawis kasbut nginggil.

Ing ngajêng sampun kapratelakakên bilih margining kamajêngan sarta kasucianing bôngsa punika, saperangan agêng kêdah saking dagang (energie) ingkang tuwuhipun saking grêgêting kawula piyambak. Margi saking punika, kula angajêng-ajêng kanthi pangajab, ingkang linambaran sucining manah, mugi-mugi wiwit wêkdal samangke kawula ambudidaya, dhatêng bakuning parlu ingkang kangge kabêtahanipun. (Badhe kasambêtan)

K.M. Sasrasumarta.

--- 273 ---

Kabar Sanès Praja

Pawartos saking Karajan Turki

Ing sêrat-sêrat kabar sampun sami martosakên, bilih kala ing karajan Turki wontên pilihan presidhèn, kanthi suwaraning ngakathah ingkang dipun pilih: Sang Minulya Kêmal Pasyah. Ingkang makatên wau inggih nama botên kêlintu, manawi angèngêti lêlabetanipun sang minulya tumrap nagari saha têtiyangipun, mila inggih sayêktos ngedab-edabi kamajênganing karajan Turki, salaminipun dipun pangarsani dening Sang Minulya Kêmal kasbut nginggil. Sapintên kathahing ewah-ewahan ingkang dipun wontênakên dening pangarsaning nagari wau, kados ing ngriki botên prêlu kaandharakên. Botên ngêmungakên pranataning praja lajêng dipun ewahi miturut kaprêluwaning jaman, makatên ugi tatacara saha panganggèning têtiyangipun ugi lajêng katata kadosdene cara-caraning bôngsa Eropah sanès-sanèsipun, kados ta icaling kopyah ingkang lajêng kasantunan topi limrah, dene sang minulya piyambak malah lajêng paring tuladan kados ingkang kacêtha ing gambar punika. Kajawi punika taksih kathah malih ewah-ewahan ingkang katindakakên, kados ta: aparing kamardikan dhatêng para wanita mêdal ing jawi tanpa mawi makêna lan sanès-sanèsipun malih. Ingkang makatên wau, sampun tamtu lajêng tuwuh panyaruwe warni-warni, ingkang adamêl suda aruming asmanipun sang minulya, kados ta panyaruwe, bilih sang minulya angêmohi dhatêng agami Islan,Islam. ingkang sajatosipun botên nyata babarpisan. Mênggah karsanipun sang minulya ingkang lugu namung badhe misahakên agami kalihan pranataning paprentahan, tôndha yêkti ingkang kalair, bilih sang minulya taksih ngugêmi dhatêng agami Islam, dèrèng dangu punika kalanipun salah satunggiling pamulangan Amerikah ing Sêtambul, kapêndhakan sumêdya amêksa muridipun bôngsa Turki kêkalih supados lumêbêt dhatêng agami Kristên, sanalika punika lajêng nampi prentah saking nagari murih sêkolahan wau lajêng katutup.

[Grafik]

Sang Minulya Kêmal Pasyah pangagêmmangagêm. cara Eropah.

Bab ing pangajaran, ing Turki samangke dipun santosani sayêktos, kawontênaning sêkolahan ing pundi-pundi tansah wêwah-wêwah kemawon, ingkang makatên wau tamtu kathah sangêt gunanipun tumrap nagari satêtiyangipun.

Ing samangke ing golonganing para dagang tuwin para ahli pulitik ing Turki, kathah ingkang sami angrêmbag cêngkoronganing gambar anggènipun badhe ngawontênakên margi sêpur antawisipun, An-gorah

--- 274 ---

kitha karajan Turki, kalihan karajan Aphganistan. Manawi sêdya ingkang wigatos wau sagêd kalampahan, sampun tamtu sêsrawunganipun karajan Turki kalihan tanah Asiah sisih têngah sagêd saya rumakêt. Jalaran saking punika kabudidayan Turki inggih sampun tamtu lajêng sagêd saya majêng, para ingkang sami anggadhahi pabrik-pabrik ing Turki sampun sami abingah-bingah, dene ing têmbe barang-barangipun badhe sagêd angsal papan panyadean wontên ing tanah Asiah. Kosokwangsulipun, tumrap karajan Aphganistan, badhe wontênipun margi sêpur antawisipun An-ghora kalihan Kabul, kitha karajan Aphganistan, punika anjalari ingkang dados idham-idhamanipun karajan kasbut nginggil, badhe nuntên kalêksanan, inggih punika nagari Aphganistan ing têmbe badhe kadosdene kawontênanipun tanah Zwitserland, ananging wontên ing tanah Asiah. Mênggah tanah Zwitserland punika, tumrap saindênging tanah Eropah dados papan patirahaning para hartawan saha darmawan, ing nagari sanès-sanèsipun, punika sababipun botên sanès amargi tanah Zwitserland punika tanah parêdèn ingkang hawanipun saklangkung sakeca. Makatên ugi karajan Aphganistan, punika tanah parêdèn, ing sawênèhing panggenan hawanipun ugi botên beda kalihan kawontênanipun ing tanah Zwitserland. Dados ing têmbe manawi sampun wontên marginipun sêpur, lajêng gampil sagêdipun lumêbêt ing tanah Aphganistan, kenging kaajêng-ajêng dados papan patirahanipun para têtiyang ing sanès-sanès praja ing satanah Asiah. Kajawi punika wontênipun margi sêpur saking An-ghora dhatêng Kabul, lan saking Kabul dhatêng Teheran, kitha karajan Pèrsi, punika badhe nuwuhakên sêkuthon agêng antawisipun karajan Islam têtiga, inggih punika Turki, Aphganistan tuwin Pèrsi.

Minôngka pungkasaning karangan punika, ing ngriki kados prêlu kacariyosakên, bilih saking krêsanipun Sang Èmir ing Aphganistan, ingkang samangke sawêg lêlana dhatêng tanah Eropah, Sang Minulya Kêmal Pasyah badhe kadhaupakên kalihan sadhèrèkipun putri, Sang Prinsès Nurul Siradj. Dene wontênipun sang minulya, sanadyan sampun watawis yuswa, badhe dhaup kalihan Sang Prinsès Nurul Siradj ingkang taksih kênya punika botên saking anggènipun nuruti ardaning panggalih, ananaging lêlampahan makatên punika dados satunggiling pulitik, ingkang sêdyanipun murih angrakêtakên antawising praja Turki lan praja Aphganistan. Punapa malih sang prinsès punika satunggiling wanita ing jagad kaislaman, ingkang sampun angsal wulangan cara kilenan sagêd basa Prasman, Inggris lan sasaminipun, pramila saya mathuk sangêt tumrap tujuanipun karajan Turki, anggènipun badhe anjêmbarakên têbanipun.

--- 275 ---

Sêmar, Garèng lan Petruk ing Wukir Lawu

Bab prêlunipun sêkolahan.

Garèng : Truk, ayo padha nglèncèr mênyang kandhang sêpur palerenan. Tinimbang nganggur thênguk-thênguk, môngsa nêmua babah Gêmuk. Angur mênyanga Pacinan, nèk-nèke ana dhasaran ora ditunggu, kêna kanggo tambal butuh.

Petruk : Prèk. Aku saiki wis mungkur mênyang pagawean ngono kuwi. Luwung ajar maca cara Lônda, kêna kanggo anggayuh dhiplomah. Yèn aku wis duwe dhiplomah klin amtênar, rak gampang bisaku dadi klèrêk.

[Grafik]

Garèng : Apa, klèrêk. Apa sing pagaweane ngêtêrake uwong mênyang dhepo calon kuli kontrak kae.

Petruk : We, lah, kurang ajar. Kae rak wèrêk, tukang adol uwong, dadi bangsaning culik. Nèk klèrêk kuwi juru tulis ing kantor, dadi priyayi, gaweane lungguh kursi.

Garèng : Mêngko dhisik, aku takon, apa kowe wis tau sêkolah, têka arêp anggayuh dadi klèrêk, luwung dadi wèrêk, kuwi bisa kalakon. Awit pawitane: cukup micara, pintêr angglêmbuk. Môngka sipat rong prakara iku, kowe wis ngênggoni kabèh. Aku tanggung, kowe masthi ora bisa dadi klèrêk, amarga saiki jaman larang pagawean. Aja manèh sing klin amtênar, wêton Milo bae, akèh sing nganggur. Pancèn ora ana prêlune, sêkolah jaman saiki, wis ragade pirang-pirang, nèk mêtu mung padha kloyongan, ora bisa dadi priyayi. Môngka kudangane wong tuwa iku mangkene: bocah bagus, kaya irus, besuk dadi bocah bêsus, dadi priyayi blanjane satus. Hara, apa bocah wêton sêkolahan kang padha nganggur iku bisa nêtêpi idham-idhamaning wong tuwa.... Yèn aku duwe anak, cukup dak wulang dhewe. Yèn wis pintêr iya dak bênum dhewe, mêngko pamêtune iya dak êpèk dhewe. Tur yèn aku sing ambênum, sapisan bae têrus dadi mantri. Hara...mantri apa...mantri...dhu...dhuk.

Petruk : Wis, ora urus. Kowe iku ingatase wong kang ngambah jaman kamajuan, têka isih êmbahning kolot. Kowe durung mudhêng mênyang tujuning sêkolahan. Bocah sêkolah iku kêrêpe rak cikbèn pintêr. Mêngko yèn wis pintêr, gampang golèk pangan, amarga wis akèh sêsurupane. Dadi prakara dadine priyayi utawa ora, iku tiba buri, gumantung ana ing kabêgjane si bocah. Dadi aja dipasthèkake dhisik, utawa aja diêpèkake ijon, iku kliru. Bab bocah

--- 276 ---

ora olèh pagawean, ora kêna kanggo dhasar ngarani sêkolahan tanpa guna, amarga pancèn seje karêpe. Dadi aja ngarani, yèn sêkolah iku masthi dadi priyayi.

Garèng : Ning rak jênêng kojur, yèn wis mêtokake wragad akèh, têka ora ngundhuh wohe. Lah, kapintêrane iku arêp kanggo apa. Môngka dhiplomane ora kêna ditukarake mênyang slankas. Lah kapriye bisane bali dhuwite.

Petruk : Ayo ta, coba nyuwun pirsa mênyang rama. Nèk rama, kiraku ngrêti prakara tujune sêkolahan iku. Amarga rama wis tau dadi sinêr. Dadi kira-kira bisa nêrangake kanthi gamblang, mungguh karêp-karêpe dianani sakolahan iku.

Garèng : Iya, ayo.

Garèng : (Sampun dumugi ing griyanipun Kyai Lurah Sêmar). Kula nuwun, kula kalihan Petruk rawuh mriki, badhe sêpèksi... êlo, ora ana uwong. Apa wis lunga dhomino mênyang sus. Apa isih sare, kyaine.

Petruk : Mêngko, dak lêbonane, kathik yaèn bae. Sing sêpèksi têka, jare isih sare. Apa anjaluk dionslah.

Sêmar : Êlo, aja mlêbu, aku lagi sarapan. Êntènana ing jaba bae. Wah, enake. ... wah, gurihe.

Garèng : We lah, trembelane. Ana wong luwe-luwe jare diiming-iming enak gurih. Nèk aku muring, sida dak rêbut tênan.

Petruk : Wadhuh wêtêngku umob, pating plilit. Iya, kyaine besuk nèk tinjo mrana, ora arêp dak suguh.

Sêmar : Kowe padha ana apa, têka mrene. Apa padha ngêtêri tonjokan, apa ana gawe prêlu.

Garèng : Anu, Ma. Aku mau rêmbugan karo Si Petruk. Apa prêlune dianani sêkolahan iku. Gene saiki akèh bocah wêton sêkolahan sing padha nganggur. Coba têrangna sing gamblang têmênan, mundhak dadi rêrasan bae.

Sêmar : O, mangkene. Nagara gawe sêkolahan pirang-pirang, tur warna-warna, iku ora kok kanggo andhasari supaya wong-wong padha dadi priyayi kabèh, nanging tuju kang nomêr siji, mung supaya wong-wong padha akèh kawruhe, supaya dadi kaum têlekan. Samôngsa wong-wong wis padha pintêr kabèh, banjur padha maju mênyang samubarang, kaya ta: ekonomi, politik. Banjur besuk, yèn tanahe wis kampi, bisa jumênêng pribadi, bisa gumandhul tanpa canthelan.

Petruk : Wadhuh, biyung. Rama kathik pintêr têmênan, bisa sis, sos, sis, sus, barang. Iku olèhmu kulak mênyang toko ngêndi, rama. Apa olaheolèhe. mendring mênyang panggonane Daoke.

Sêmar : Lah, iki wohe sêkolahan, aku biyèn iya ora ngrêti apa-apa. Nanging marga aku wanuh sêkolahan, aku milu kursus basa Lônda. Hara, apa ora cêtha, gunane sêkolahan. Rak ya enak, ta, wohe sakolahan iku.

(Badhe kasambêtan)

--- 277 ---

Kabar Warni-warni

Pêthikan Saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Kala ing dintên Jumuwah kêpêngkêr Loodsdients ing Surabaya martosakên dhatêng apênmistêr, bilih raganganing kapal Zeemeeuw ingkang manggih kasangsaran, ical larinipun. Mila ing dintênipun Sêtu, ngawisi kapal ngambah ing papan kasangsaran wau, tuwin kapal Dornier D 3 bidhal saking Marakrêmbangan anglacak dhatêng papan wau, nanging mêksa sêpên tanpa katrangan.

Lanrèhtêr ing Surabaya sampun andhawahakên karampungan, matrapi dhêndha f 26.- dhatêng pursitêr P.S.I. Tuwan Wôndasudirja, ing bab nikahan ingkang botên têrang kalihan pangulu.

Dèrèng dangu Handelsbank ing Prabalingga ngintunakên andhê tèkên isi arta f 2700 dhatêng Kraksaan, nanging tiyang ingkang dipun kintuni botên tampi. Wusana sarêng dipun titipriksa, sêrat wau dipun rimat ing klèrêk pos Kraksaan wontên ing lorogan.

Lupus, iksamênipun dhoktêr Indhyia perangan kawitan ing Nias Surabaya, Tuwan Sutamsi.

Awit saking panyuwunipun piyambak, wiwit tanggal 9 April 1928 Tuwan J.G. van Heyst residhèn ing Madura, kèndêl saking kalênggahanipun.

Saking rekadayanipun ingkang bupati ing Karanganyar kalihan dhirèkturing pabrik lisah Olvado Ngayogya, andhatêngakên kalapa cangkokan saking Selon, kangge coban-coban. Saha kalimrahakên dhatêng têtiyang siti. Tindak makatên wau badhe amêwahi saening kalapa ing ngriki.

Ing sacêlakipun pulo Katêman, saêlèr lèpèn Indragiri, Sumatra, kala tanggal kaping 9 wulan punika, wontên kapal Thiyongwa nama Ban Tek Gwan kêrêm. Kapal wau nuju lumampah badhe dhatêng Singgapura.

Benjing ing wulan April tanggal ênèm, Radèn Rangga Kartakusumah, tilas wadana ing Tanjungsari, badhe kapriksa ing rad pan yustisi ing Batawi, ing bab tindak rêsah.

Panyuwunipun subsidhi pamulangan, Islamiyah ing Ngayogya dhatêng pamarentah, sampun kaparêngakên, saha sapunika sampun tampi subsidhi wau.

Wontên pawartos, bilih ing dhusun Kaliwungu, Tulungagung, badhe dipun dêgi pabrik gêndhis H.V.A. papan ingkang calon kangge pabrik, punapadene calon griya-griyaning para punggawa, sampun dipun cangkorongi.

Paduka Tuwan H. Colijn badhe rawuh ing tanah Jawi, nitih kapal Mil ingkang badhe dhatêng punika. Wontên ing Batawi badhe dangu, saha lajêng badhe dhatêng Jawi Têngah. Wangsulipun dhatêng Batawi wontên ing tanggal 26 wulan punika, tuwin badhe mara tamu dhatêng Batawi utawi Bogor, pinanggih Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral.

Tuwan F.H.K. Zaalberg up rêdhaktur Bat. Nbld. kondur dhatêng kalanggêngan. Tuwan wau sawênèhing rêdhakturing sêrat kabar Walandi ingkang dangu piyambak ing Indhia, saha lid parêtan kawula.

Kados ingkang sampun kawartosakên, pamulangan militèr ing Mèstêr Kornèlis sampun botên nampèni murid enggal malih. Ing sapunika wontênipun murid ingkang sinau ing ngriku kantun 12, manggèn ing klas tiga 1, ing klas sakawan 8, tuwin ing klas gangsal 3, dene gurunipun namung kantun kalih.

Insêpèksi ondêrwis têtiyang siti, ngrêmbag tuwin tetela, bilih ing taun punika mêwahi sêkolahan ôngka 2 cacah 18 panggenan, ingkang rumiyin sampun kapaparêngakênkaparêngakên. manggèn ing apdhèling tiga, inggih punika ing paresidhenan Banyumas, Kêdhu, Sêmarang, Ngayogya tuwin Surakarta.

Benjing tanggal 5 wulan April ngajêng punika, kaparêng dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jêndral, badhe ngawontênakên konpêrènsinipun para bupati. Ing sadèrèngipun, para bupati ing tanah Jawi supados adamêl rancangan ingkang prêlu karêmbag.

Saking Ngayogya kawartosakên, bêna ing tanggal 14 wulan punika ngrisakakên margi sêpur N.I.S. ngantos 100 mètêr, ingkang prênah ing têbihipun saking Surakarta 1800 mètêr. Lampahing sêpur saking Surakarta dhatêng Samarang kandhêg, têtiyang ingkang sami numpak kêpêksa pindhah.

Ugi jalaran saking bêna, ing dhusun Klodran, Surakarta, kêlêban ing toya ngantos 1½ mètêr, griya ingkang ambruk kintên-kintên wontên 100 wuwung, wontên lare 1 ingkang ical, tuwin rajakaya kathah.

Sawênèhing baita ingkang ngêwrat tiyang 14 wontên ing antawisipun Kamal kalihan Surabaya: kèrêm. Têtiyang ingkang 12 sagêd kêtulungan ing sêkoci motor saking palabuhan.

Rad pan yustisi ing Medhan, mêntas angrampungi prakawisipun Tuwan Burhanudin, juru ngarang pangarsa Bênih Timur, kaukum kunjara 6 wulan. Sapunika dakwa ngulurakên prakawisipun.

--- 278 ---

Margi sêpur antawisipun Jombang kalihan Majakêrta, kala tanggal 10 wulan punika kêlêban ing toya bêna, sèp èkplotasi sampun nindakakên papriksan.

Pakêmpalaning guru Walandi (N.I.O.G.) gadhah atur dhatêng ingkang wajib, botên narimahakên ing bab patrap panatanipun kondhisi sêtat.

Arta kêrtas ingkang badhe kasirnakakên, arta nyaringgitan cacah 51.000 lêmbar, sarta rupiyahan 112.000 lêmbar, sami damêlan nagari Walandi. Arta nyaringgitan cacah 34.000 lêmbar, sarta nyarupiyahan 83.000 lêmbar, sami damêlan Amerikah.

Wilujêngan ing twèdhê dhêpot bataliyun ing Gombong sampun kalampahan, dhawah ing dintên malêm Jumuwah tanggal kaping 9 ngrintênakên tanggal kaping 10 wulan punika. Ingkang among tamu Tuwan Mayor van Meiuwen ing Gombong. Ingkang ngrawuhi Paduka Tuwan Jendral Scheffen ing Magêlang, Paduka Jendral Cramer ing Bandhung, tuwin para wakiling militèr sanès-sanèsipun, punapadene para amtênar Walandi Jawi. Paduka Jendral Scheffen mêdhar sabda ing widadanipun twèdhê dhêpot wau. Salajêngipun mawi pasamuan dhansah. Dintênipun Jumuwah enjing para amtênar Jawi ngawontênakên arak-arakan, ingkang bupati ing Karanganyar ugi mêdhar sabda ing bab kawilujêngan, tuwin nampèkakên pangèngêt-èngêt awarni marmêr mawi sêratan.

Kawrat ing sêrat kêkancingan gupêrmèn, pranatanipun pakêmpalan Afdeeling Djokdjakarta van het Centraal Genootschap voor Kinder-Herstellings-en Vacantiekolonie in N.I. sampun angsal rèh pêrsun.

Wontên pawartos, panjênênganipun Mr. H.' s Jacob gêdhêlêgirdhê rêpat kawula tuwin presidhèn Yapha Bang, gêrah rêkaos.

Juru kabar Kajawèn martosakên. Pakêmpalan Padphindhêr Bumiputra Pasuruan (P.B.P.) ing kitha Pasuruan, benjing dintên malêm Sênèn 19 Pèbruari 1928 andamêl karamean wontên ing gêdhong tilas dalêm kapatihan lami sarta ngulêmi sakathahing para murid ing pamulangan tiyang bumi kitha Pasuruan. Karamean sarana orkès, sêporêt warni-warni tuwin phudrah ingkang supados para murid sagêda sangsaya mindhak kasrêgêpanipun.

Pakêmpalan anglawan tukang rèntên kêtingal sampun kathah wohipun, wontên tiyang nyambut arta f 1700.- kasêrat ing pratôndha f 2000.- utawi sampun pambayarambayar. sarêman sawatawis wulan f 260.- tukang rèntên kêpêksa namung ngajêngi sauran f 1700.- dipun jogi dening kredit bang. Tuwin wontên sanès-sanèsipun malih.

Pangrèh agêng B.O. badhe ngadani damêl sêtrap koloni ing tanah Sabrang, inggih punika kangge mitulungi têtiyang ingkang luwar saking paukuman lajêng nandhang kamlaratan, ingkang kalêpatanipun botên jalaran anglampahi kadurjanan.

Awit saking rekadayanipun, J.I.B. ing dintên malêm Minggu tanggal 19 wulan punika, Tuwan H.A. Salim badhe damêl sêsorah wontên ing H.I.S. Arjuna ing Mèstêr Kornêlis, ing bab siyam. Ing malêmipun Sênèn wontên ing Klipgêbo Kramat, ing bab pangajaran Islam. Sêsorahipun ngangge basa Walandi, ingkang dhatêng ing ngriku, kajawi golongan J.I.B. ugi nyuruhi para sinau ing bêstirsêkul, pamulangan luhur pangadilan, tuwin pamulangan luhur dhoktêr.

Pamulangan Kartini ing Batawi sampun sagêd sambêt kalihan pamulangan Kaoetamaán istri, minôngka dados êpangipun manggèn ing Kampung Bêsar, Sênèn.

Tuwan Kraijer van Aalst hèlêp prèdhikan ing Dhepok, badhe damêl sêsorah dongengan kawontênanipun pulo Timur, manggèn ing Willemskerk, Wèltêprèdhên. Cariyos wau inggih badhe migunani tumrap murid-murid H.B.S. tuwin Mulo.

Wontên pawartos, lampahipun kapal Wega saking Tanjungpriuk, botên kangge prêluning papriksan rêdi Krakatao. Tuwan W.M. Docters van Leeuwen ingkang tumut wontên ing kapal wau, inggih langkung ing pulo Panjang badhe mriksa kawontênaning tuwuhan ing ngriku. Dene lampahipun kapal wau prêlu nindakakên padamêlanipun padatan, inggih punika mriksa kawontênaning dilah-dilah manara laut ing Supitan Sundha, ngantos dumugi pungkasaning pulo Jawi sisih kilèn.

Parêpatan gêminte rad ing Mèstêr Kornèlis nayogyani ing bab Tuwan Bruens kadadosakên wakil Burgêmistêr. Dene ingkang dipun pilih sawêg manah-manah rumiyin.

Nyambêti pawartos ingkang sampun kawrat ing Kajawèn, ing tanggal 8 wulan punika, kintên wanci jam 9 dalu, toya ing lèpèn Kunta ing Badhas, wiwit umrik sarêng jam 11 dalu, toya lubèr angêlêbi margi tuwin griya-griya, lêbêtipun ngantos samètêr. Enjingipun tanggal 9 toya wiwit surut, dangu-dangu malah asat, awit tangguling lèpèn Kunta ingkang panjangipun 35 mètêr jêbol, ilining toya kados dipun sokakên. Kintên-kintên 4 sontên, krêtêg ingkang katrajang toya: larut, ril K.S.M. kêtingal gumantung. Makatên ugi krêtêg ing Balongrêja ugi larut. Margi-margi ingkang anglangkungi panggenan wau sami botên kenging dipun langkungi. Kapitunanipun kathah.

--- 279 ---

Wêwaosan

Sêsupe Agêmipun Rajaputri ing Seba

16. Pharaoh adamêl susah kula sadaya.

Kala punika Orme kalihan Quick sawêg upyêk, Quick sajakipun sawêg milah-milah sabangsaning puyêr, ingkang dipun wadhah ing blèg timah, lan Orme sawêg nitipriksa kawontênanipun bêktêre èlèktris, sarwi aningali kanthi wigatos dhatêng gulungan kawat ingkang misah.

Propesor Higgs apitakèn: Lho iki lagi padha apa.

Orme amangsuli: Kaya-kaya iya ora luwih nyamari tinimbang tindakmu kalane kowe setanên banjur ngantêmi Si Shadrach, bokmanawa luwih bêcik manèh yèn pipamu kuwi kosimpên bae. Miturut calathuning uwong, campuraning obat-obat iki bisa murup kanthi sarèh kayadene arêng watu, ananging êmbuh ora wêruh dhing. Lêlungan lan ane bisa uga andayani mau kuwi.

Propesor Higgs lajêng lumajêng rikat sangêt, sasampunipun sèkêt mètêr têbihipun, pipanipun lajêng dipun gêdhugakên, malah rèkipun lajêng dipun tilar wontên sanginggiling sela, salajêngipun nuntên wangsul malih.

Orme lajêng wicantên dhatêng Propesor Higgs ingkang murugi kanthi ngatos-atos sangêt makatên: kowe ora usah takon apa-apa, mêngko aku rak bakal awèh katrangan. Mêngko bêngi aku kabèh bakal lêlungan kang anèh bangêt, wong papat bêbarêngan karo wong alasan kira-kira sadhosin, kang durung karuan kêna dipracaya. Jalaran saka iku, Quick lan aku rêmbug bangêt, yèn padha jaga-jaga kanthi anggawa obat-obat dhinamit mau, bokmanawa bae iya ora ana prêlune, ana nèk ana prêlune, kiraku ora ana wayahe kanggo migunakake obat dhinamit mau, ananging wong ora wêruh sadurung-durunge. Na, saiki wis cukup, sapuluh bis bae kaya-kaya wis cukup kanggo andhinamit saparoning cacahing Fung. Quick kowe anggawa bis lima, baktêre siji lan kawat 300 mètêr, apa wis tone wis bêcik sumèlèhe, nèk duwèkku uwis, aku uga anggawa bis lima, baktêre siji lan kawat têlungatus mètêr. Tanpa wicantên punapa-punapa malih, Orme anyimpên obat dhinamit sapirantosipun wontên ing kanthong-kanthong jasipun, makatên ugi Quick. Dene pêthi ingkang mêntas kabikak, lajêng katutup malih, saha lajêng kamomotakên wontên ing unta.

6. Kadospundi anggèn kula miruda saking kitha Harmac.

Mênggah lampahing grombolan kula ingkang alit punika makatên: ingkang lumampah ing ngajêng piyambak, juru têdah margi bôngsa Abati, ingkang cariyos kawontênanipun siti ing ngriku, sadim-dimipun mangrêtos. Sawingkingipun Orme lan Quick, ingkang sami nuntun unta ingkang sami dipun momoti obat ingkang agêng pangaosipun wau. Salajêngipun nuntên kula, ingkang kajibah ngawat-awati unta-unta wau, salajêngipun unta ingkang dipun momoti bêbêktan, sangu têdhan lan barang sanès-sanèsipun. Dene ingkang lumampah wontên ing wingking piyambak, Propesor Higgs lan Shadrach tuwin bôngsa Abati sawatawis.

Ing ngriki prêlu kula têrangakên, bilih pranatan makatên punika saking kajêngipun Shadrach. Prêlunipun manawi wontên kacilakan punapa-punapa, sampun ngantos piyambakipun ingkang kalêpatakên, amargi piyambakipun anggèning lumampah wontên ing wingking piyambak. Rikala Propesor Higgs mirêng ingkang makatên wau, piyambakipun lajêng angarih-arih, supados lumampah jajar Shadrach, amargi piyambakipun kapengin sagêda sae malih kalihan Shadrach. Propesor Higgs anggènipun ngarih-arih sakalangkung-langkung, lan SajrahShadrach. rumaos sênêng manahipun. Ingkang punika Orme sanadyan botên condhong manahipun, lajêng kêpêksa mituruti pangarih-arihipun Propesor Higgs wau.

Mênggah pikajênganipun Orme, supados kula sakawan pisan kêmpal dados satunggal, sanadyan ta tumrap kula sadaya angèl sangêt, ingatasipun pêtêng makatên, sagêdipun tansah ngawasakên dhatêng unta-unta, ingkang tumrap kula sadaya pangajinipun mèh sami kemawon kalihan nyawa kula sadaya.

Srêngenge sapunika sampun surup, saha lajêng dados pêtêng, kala punika wiwit angin lan jawah. Mênggah ing pangraos kula sadaya, pangkatipun punika botên kasumêrêpan, lampahipun mêdal kitha lami, ingkang kêthukulan rêrungkudan, tanpa sabawa punapa-punapa. Makatên ugi unta-unta, ingkang tumapaking sukunipun ing siti botên [bo...]

--- 280 ---

[...tên] kamirêngan, ajêngipun ugi tanpa sabawa. Manawi meganipun kalêrês langkung sakêdhap, saking katêbihan kula sadaya sumêrêp pêpadhanging kitha Mur ingkang sumorot ing sisih kiwa kula sadaya.

Kula botên sagêd anggagas lampah ingkang botên nyakecakakên saha adamêl samaring manah kados punika. Pêtêngipun ingkang kala-kala namung kapadhangan dening gêbyaring clèrèt andhêdhêt sangêt, jawahipun ingkang rumasuk ing pundi-pundi, ngantos adamêl kêmbroh dumugi ing kulit, anginipun ingkang asrêp saha têlês mèh adamêl kula sadaya dados kêkêlên, ewadene sadaya ingkang botên nyakecakakên punika, jalaran saking wigatosing lampah, kula sadaya ngantos supe, punapa inggih sagêd lêlampahan kula sadaya sagêd dumugi ing kitha Mur, punapa kula sadaya sami badhe pêjah wontên ing margi.

Lampah kula sampun tigang jam, kula sadaya sampun dumugi sangajênging pêpadhangipun kitha Harmac, makatên ugi ajêng-ajêngan kalihan papadhang sanès, ingkang sajakipun wontên ing salêbêting jurang satêngên kula sadaya, dumuginipun samangke taksih wilujêng sadaya, sumêrêp kula sadaya punika dening tôndha-tôndha ingkang kanthi bisik-bisik.

Ujug-ujug têka lajêng wontên pêpadhang ing sangajêng kula sadaya, sanadyan ta pêpadhang wau taksih têbih. Sanalika punika lajêng kaprentah kèndêl, kula sadaya inggih lajêng kèndêl. Salah satunggiling juru têdah margi ingkang wontên ngajêng piyambak, brangkangan amurugi kula sadaya, saha anyariyosakên, bilih wontên golongan saradhadhu Fung numpak kapal bidhal. Kula sadaya lajêng sami rêrêmbagan. Shadrach lajêng majêng saha wicantên, bilih kula sadaya ngêntosi, saradhadhu-saradhadhu wau tamtu lajêng kesah, amargi pangintênipun Shadrach bilih wontênipun saradhadhu-saradhadhu wau wontên ing ngriku punika namung sawêg kalêrêsan kemawon. Piyambakipun angrêrintih nêdha supados kula sadaya sampun ngantos nyabawa babarpisan. Ing sarèhning kula sadaya botên sumêrêp badhe kadospundi, amila kula sadaya lajêng sami angêntosi.

Kintên kula, kula kasupèn wicantên, bilih Pharaoh katutup wontên ing kranjang agêng, prêlunipun kangge ngalang-alangi manawi wontên kacilakan. Wontên ing ngriku sagawon wau antêng sangêt, ngantos dumugining wanci nalikanipun Shadrach murugi Orme prêlu badhe rêmbagan. Pharaoh ingkang mambêt mengsahipun bêbuyutan, lajêng wiwit anjêgug kados kranjingan. Samangke lajêng rame, Shadrach lajêng lumajêng dhatêng wingking, pêpadhang ing ngajêng lajêng amurugi kula sadaya, unta-unta ingkang wontên ing ngajêng sami nilar margi, bokmanawi ngêtutakên ingkang nuntun.

Kula botên sumêrêp, punapa sabab-sababipun. Dene Orme, Quick lan kula, têka ujug-ujug dados satunggal. Kala punika kula sadaya ugi gadhah pangintên, bilih Propesor Higgs ugi sampun ngêmpal wontên ing ngriku. Ananging pangintên ingkang makatên wau têtela lêpat, kula mirêng swara cêluk-cêluk saha wicantênaning tiyang ingkang swaranipun dèrèng nate kapirêngan, tuwin basanipun botên dipun mangrêtosi sakônca sadaya. Sarêng wontên padhanging clèrèt, kula sadaya sumêrêp, bilih unta tumpakanipun tuwan propesor, lumampah têbihipun kintên-kintên sadasa mètêr saking padunungan kula sadaya. Dipun tumpaki ing tiyang jalêr, nanging dede Propesor Higgs. Inggih sanalika wau kula sadaya sawêg sumêrêp, bilih Propesor Higgs botên kêmpal kalihan kula sadaya. Ingkang punika andadosakên kuwatos kula sadaya saha gadhah manah ingkang botên-botên.

Kula wicantên sumêla: kang anggawa minggat untane Propesor Higgs kae kaya sawijining wong Fung.

Orme mangsuli: dudu, sing nunggangi kae Shadrach, ana ing pêpadhangan aku ora pangling marang si kêthèk èlèk kae.

Sarêng wontên calèrèting kilat malih, kula sadaya sumêrêp, bilih unta-unta ingkang ambêkta barang-barang kula sadaya ugi sami kesah nilar kula, lampahipun mênyimpang saking margi agêng, dene margi agêng wau kêbak prajurit kêkapalan. Orme bisik-bisik prentah cêkakan, supados ngêtutakên lampahipun kewan-kewan wau. Ananging lampah kula sadaya dèrèng ngantos angsal kalih dasa mètêr, kasaru kapirêngan swara ingkang dede swaranipun tiyang Abati. Calèrèting kilat ingkang anjalari sumêrêp kula sadaya dhatêng tiyang Fung ugi anjalari sumêrêpipun tiyang Fung dhatêng kula sadaya. Têtiyang Fung wau lajêng murugi dhatêng kula sadaya, sumêdya badhe mêjahi utawi nawan.

Sapunika botên wontên rekadayanipun malih, kajawi namung ambalik wangsul sarta lumajêng. Ingkang makatên punika inggih kalampahan, lan sasagêd-sagêd lampahipun kêdah slinthutan, saha sagêda tansah sami sêsrawungan.

Sarêng kintên-kintên sampun saprapat jam, lampah kula sadaya dumugi sapinggiring kêbon kurma, sarêng wontên calèrèt malih, sanadyan ta calèrètipun wau botên patos bantêr kados ingkang sampun-sampun, amargi jawahipun sampun têrang, kula lajêng mengo dhatêng wingking saha sumêrêp, bilih prajurit kêkapalan wau, têbihipun kalihan kula sadaya botên wontên sèkêt mètêr, lan prajurit wau dipun perang dados barisan panjang, ingkang tansah ngoyak-oyak kula sadaya dhatêng ing pundi kemawon. Ananging kala punika kula sumêrêp têrang, bilih para prajurit wau botên sumêrêp dhatêng kula sadaya, jalaran kula sadaya sami wontên sangandhaping wit-witan ingkang ayang-ayanganipun pêtêng.

Kula wicantên: Ayo rikat, ora suwe manèh wong-wong kae mêsthi têkan kene. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 17, 8 Pasa Taun Jimakir 1858, 29 Pèbruari 1928, Taun III

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [321] ---

Ôngka 17, 8 Pasa Taun Jimakir 1858, 29 Pèbruari 1928, Taun III.

Kajawèn

Kawêdalakên Sabên Dintên Rêbo lan Saptu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Sawangan ingkang nênangi manah

[Grafik]

Santosaning rêdi Ringgit ingkang kêtingal anjanggêrêng, kados têtanggul panulaking bêbaya, dene ing salêbeting papan ingkang dipun aling-alingi, kêbak isi katêntrêman. Makatên kawontênaning papan ing sacêlakipun Panarukan (Situbônda).

--- 322 ---

Raos Jawi

Bab Sêrat Waosan Jawi ingkang Sampun Kêlimrah

Bab Pamerangipun Cariyos

Tumrap ing bôngsa Jawi, sêrat waosan punika namung lêlajêngan kemawon, botên mawi kaperang-perang, upaminipun sêrat waosan ingkang sinawung ing sêkar, punika saking wiwitan dumugi wêkasan botên wontên pêperanganipun, mila manawi wontên prêlunipun badhe madosi ingkang dipun kajêngakên, anggènipun madosi inggih ngantos anjalimêt. Nanging cara ingkang kados makatên wau tumrapipun ing jaman kala samantên pancèn botên dados kabêtahan, manawi prêlu badhe madosi punapa-punapa cêkap namung ambiyaki ngurutakên cariyos tuwin gadhah panganggêp sêrat waosan ingkang kados makatên wau sampun mungguh sangêt. Namung mênggahing Sêrat Pustakaraja, punika mawi pêperangan utawi mawi mèngêti sabên tumapaking taun. Dados manawi dipun piridakên kalihan caranipun cariyos ing sapunika, ingkang dipun wastani roman, dèrèng wontên èmpêripun, awit mênggahing roman, ing dalêm sabuku namung isi cariyos ingkang jêjêripun namung cariyos satunggal, mêndhêt saking jêjêring tiyang ingkang dados lampahan tuwin ingkang dipun dhapuk pêperanganipun, ing saperanganipun wau nama saadêgan.

Sayêktosipun mênggah ing sêrat Jawi ugi wontên ingkang dhapukanipun sampun angiribi makatên, inggih punika pakêm padhalangan, malah tumrap pakêm padhalangan ingkang jangkêp dalah pocapanipun punika sampun plêk roman, nanging wangunipun ajêg, kados ta:

1. Jêjêr, kadhatonan, kapalan, punika adêgan agêng, isi tigang adêgan alit. 2. Lajêng sabrangan, pasowanan jawi, saadêgan agêng isi kalih. Dipun gathukakên dados pêranganipun wadya jêjêran sapisan kalihan kaping kalih. Nama pêrang gagal. 3. Sasampunipun punika lajêng jêjêr ratu sanès, prêlu anggathukakên bakuning cariyos ing jêjêr kapisan. 4. Lajêng jêjêr pandhita kalihan satriya, prêlunipun satriya wau, saunduripun sowan pandhita, wontên margi pêrang kalihan wadya sabrangan, wadya sabrang sirna, wiwit wontên banyolan. 5. Nuntên jêjêr mangsuli sakawit, ngrêmbag bakuning lampahan gathukipun kalihan jêjêranipun ratu sanès. 6. Nyandhak jêjêr sabrangan ingkang kaping kalih, salajêngipun ngawonakên pêranganing lêlampahan, mawi pondhongan (sêngsêming jalu wanita). 7. Wusana antuking lêlampahan, pinanggihipun wontên ing nagari jêjêran sakawit, pungkasanipun pêrang sampak, inggih punika nyirnakakên pangamuking wadya sabrang ingkang kaping kalih. Têlas.

Kirang jangkêp kawontênanipun ajêg kados makatên, dados ing salampahan punika maligi namung baku cariyos satunggal, isi jêjêr agêng pitung adêgan utawi langkung: salêbêting lampahan [lampaha...]

--- 323 ---

[...n] wau wontên pêranganipun kawan bab, inggih punika:

1. Pêrang gagal, kajêngipun pêpêrangan ingkang botên adamêl pêpêjah, 2. Pêrang kêmbang, kajêngipun ngêtingalakên kêkêmbanging lêlampahan, awit pêpêrangan ing ngriku adamêl pêpêjah, ingkang jalaran anggêpok prakawis jêjêring lêlampahan. 3. Pêrang lêlampahan, ing ngriku ngêtingalakên pêrang ingkang dados kajênging lêlampahan, 4. Pêrang sampak, punika pêrang brubuh nyuthêlakên lêlampahan, dados têgêsipun ing lêlampahan ngriku wontên ramènipun.

Bab pondhongan, punika ngêtingalakên dhatêng sêngsêming cariyos, awit cariyos ingkang tanpa makatên, punika ical raosipun.

Bab banyolan, punika adamêl saening cariyos, awit cariyos ingkang tanpa lêlucon punika cêmplang.

Manawi dipun manah yêktos, mirid saking kawontênan wau, dados mênggah ing Jawi, ugi sampun gadhah cariyos ingkang adhapur roman, tuwin manawi kalaras saking dhapukanipun pancèn sampun kenging kangge pêpiridan adamêl roman, malah ing salugunipun mênggahing lampahan ringgit, ingkang nama carangan, punika sampun wontên ingkang dhinapuk kangge nglêbêtakên lêlampahan anggitan, mêndhêt saking lêlampahaning tiyang ing jaman sapunika, nanging ingkang limrah mêndhêt saking lêlampahaning para luhur. Ing karaton Surakarta nate nganggit lêlampahan Raja Siyêm, inggih punika anyariyosakên narendra ing Siyêm nalika ngajawi.

Wontênipun lêlampahan-lêlampahan wau gampil dipun anggit, awit saking gampil pamêndhêting pêpiridan, inggih kados ingkang kasêbut ing pakêm padhalangan. Pandhapuk makatên wau nêtêpi ing bêbasan: dhalang môngsa kewuhana lêlakon.

Dados kajawi sêrat pakêm padhalangan, tumrap pameranging cariyos ing dalêm salampahan kenging dipun wastani botên wontên, wontênipun namung pamerang agêng kemawon, kados kawontênaning sêrat babad sapanunggilanipun.

Tumrap ing jaman sapunika, cariyos ingkang botên mawi dipun perang-perang, sampun botên patos dipun rêmêni, dene wontênipun sêrat karangan enggal ingkang dhapur cariyos, ingkang kathah sampun nelad sacaranipun roman Walandi, mawi dipun perang-perang.

Nanging bab pandamêling cariyos, manawi dipun raosakên, ingkang kathah taksih kêtingal pamiridipun dhatêng padhalangan, awit mênggahing padhalangan, ujug-ujug jêjêr, punika sampun ngêtingalakên badhe antuking lêlampahan, wosipun ing bab jêjodhoan, môngka tumrapipun raosing sapunika, têdhanipun ingkang maos-maos punika sampun ngantos sagêd mêthèk dhatêng badhe wêkasanipun, dados grêngsênging pamaos botên kêmba.

Mirid saking kawontênanipun sêrat-sêrat waosan Jawi ingkang dipun wastani kina, têgêsipun botên gagrag sapunika, têrang manawi pancèn sampun bêktan lêlagon Jawi kados ingkang sampun kasêbut ing nginggil, bokmanawi sakawit pancèn mirid saking sacaranipun sêrat ingkang sinawung ing sêkar.

--- 324 ---

Ringgit Tiyang ing Kadhaton Ngayogyakarta

(Candhakipun Kajawèn ôngka 16)

Dintên ingkang kaping tiga.

Lampahan Sumbadra Pralena.

Madêg nagari Ngastina, Prabu Druyudana, dipun adhêp Rêsi Durna tuwin kadang Korawa. Ngutus Prabu Baladewa tuwin Adipati Karna ngupadosi murcanipun Radèn Burisrawa.

Madêg nagari Batamira, Prabu Jathayêksa, kasmaran Dèwi Wara Sumbadra, sang prabu bidhal badhe andhustha, wadya kadhawuhan pacak baris ngêpang Madukara.

Madêg kayangan Krêndhawahana, Sang Hyang Bathari Durga, dipun adhêp Patih Jaramaya, dhawuh dhatêng wadya brakasakan anggodha satriya ingkang tapa, ingkang adamêl kasangsaraning wadya brakasakan.

Madêg Radèn Burisrawa, dipun godha ing brakasakan, tanpa damêl. Bathari Durga rawuh piyambak, mangèstoni Radèn Burisrawa pinanggih Sumbadra, kadhawuhan anjujug wana Kandhaka. Patih Jaramaya kadhawuhan anggodha Radèn Janaka.

Madêg Madukara, Radèn Janaka sagarwa. Radèn Janaka badhe pados kidang kancana, saking panyuwuning putra Radèn Abimanyu, bidhal, Dèwi Wara Sumbadra dhatêng patamanan, dipun dhustha ing Prabu Jathayêksa. Srikandhi nututi, dipun tilar oncat, lajêng ngaturi uninga dhatêng Ngamarta.

Madêg barisan danawa Batamira, Radèn Janaka langkung, dados prang, danawa sirna sadaya. Kêtungka panggodhanipun kidang kancana, dipun jêmparing badhar dados Jaramaya. Srikandhi dhatêng wêwarta.

Madêg ing Dwarawati, Prabu Padmanaba dipun adhêp ing Radèn Sômba tuwin sanès-sanèsipun. Sang prabu onêng dhatêng kadang Pandhawa, sang prabu bidhal anggêgana, para putra tuwin rêkyana patih ugi bidhal.

Kocap Prabu Jathayêksa ingkang ambêkta Dèwi Wara Sumbadra kawratên, lajêng niyup wusana sare wontên sangandhaping kêkajêngan, dene Wara Sumbadra ingkang dipun wadhahi ing karumba dipun sandhing. Kacariyos Radèn Burisrawa wontên ing gêgana, sarêng mirêng tangising wanodya lajêng nututi, karumba kabikak, Sumbadra katingal dipun ngungrum. Radèn Burisrawa lajêng pêrang kalihan Prabu Jathayêksa, Burisrawa kasoran, dipun gêtak kabur.

Prabu Jathayêksa pamit Dèwi Wara Sumbadra badhe nututi Radèn Burisrawa. Dèwi Wara Sumbadra lajêng nganyut tuwuh angglundhung ing jurang dhawah gisiking samodra. Prabu Jathayêksa pêrang kalihan Radèn Burisrawa, lajêng oncat, Burisrawa madosi Sumbadra.

Madêg nagari Ngamata,Ngamarta. Prabu Darmakusuma, Prabu Krêsna, Wêrkudara tuwin sanès-sanèsipun ngrêmbag bab anggènipun satriya Madukara botên sowan-sowan. Kêtungka duta saking Madukara dhatêng, matur manawi Dèwi Wara Sumbadra ical, dipun dhustha raja danawa. Janaka kalihan Srikandhi lajêng dhatêng. Wusana utusan madosi Dèwi Wara Sumbadra, ingkang kautus Radèn Gathutkaca.

Madêg ing gisiking samodra, Dèwi Wara Sumbadra pralaya, kasaru Radèn Ôntarêja jumêdhul saking [sa...]

--- 325 ---

[...king] siti, sumêrêp Dèwi Wara Sumbadra, lajêng dipun ungkuli supe musthikaning bumi, gêsang malih, wusana sami jarwa-jinarwan, saha bidhal dhatêng Madukara. Kocap Radèn Gathutkaca ingkang wontên ing gêgana sumêrêp Dèwi Wara Sumbadra dipun iring ing tiyang jalêr, lajêng niyup dados prang kalihan Radèn Ôntarêja. Wusana rukun. Burisrawa dhatêng nêdha Wara Sumbadra dados prang, Burisrawa dipun bônda, nglajêngakên lampah.

[Grafik]

Radèn Ôntarêja jumêdhul saking sadhasaring bumi, sumêrêp layonipun Dèwi Wara Sumbadra gilang-gilang wontên gisiking sagantên.

Madêg ing wana Tikbrasara, danawa jim Sadumeya sakancanipun, rêmbagan anggènipun madosi Radèn Burisrawa. Botên dangu sumêrêp Radèn Burisrawa bandan dipun irid ing tiyang, badhe karêbat, dados pêrang, danawa sami kasoran dening Radèn Gathutkaca.

Madêg pasanggrahan Wanasonyacarita, Prabu Baladewa lan Korawa Ngastina. Wontên ingkang ngaturi uninga manawi Radèn Burisrawa langkung mawi dipun pisakit. Kadhawuhan nututi.

Madêg pasanggrahan wana Giripurna, Prabu Bathara Krêsna dipun adhêp putra santana, tuwin Pandhawa, kasaru Dèwi Wara Sumbadra dhatêng sapandhèrèk tuwin Burisrawa. Lajêng sêsorah ing lêlampahanipun sadaya, tuwin Radèn Ôntarêja dipun akên putranipun Radèn Wêrkudara. Kasaru Prabu Baladewa rawuh, mundhut luwaripun Burisrawa, saha prajanji, manawi ingkang kalêpatan tiyang Ngastina, dipun cêpênga tiyang Ngastina saha dipun ukum tiyang Ngastina piyambak, lajêng bidhal. Pandhawa nututi lampah, wusana sumêrêp, Radèn Burisrawa dipun luwari, lajêng [la...]

--- 326 ---

[...jêng] dipun rêbat tiyang Dwarawati dados pêrang. Prabu Baladewa sakadang Korawa kawon sadaya, sami kaplajêng.

Madêg nagari Batamira, Prabu Jathayêksa dipun adhêp para wadya, kêncênging karsa badhe ngrêbat Dèwi Wara Sumbadra kanthi pêrang, lajêng bidhal.

Madêg pasanggrahan Giripurna, Prabu Krêsna sakadang Pandhawa. Sri Krêsna anggalih, sasirnaning mêngsah Ngastina, tamtu badhe wontên mêngsah malih saking Batamira, mila dhawuh mirantos. Kasaru wontên wadya atur uninga, mêngsah saking Batamira dhatêng, lajêng dados prang, mêngsah kasoran sadaya.

Madêg kalêmpakan, Prabu Krêsna sakadang Pandhawa tuwin putra santana. Ginêm sukur dene mêngsah sampun sirna.

Cariyos Wigatos

Kawontênanipun Sophyèt Ruslan ingkang Sajati

Candhakipun Kajawèn ôngka 16

XIII. Pêthikan saking sêrat kabar A.I.D.

Kabudidayan saha pabrik-pabrik ingkang kadadosakên gadhahaning tiyang sanagari.

Sampun tamtu lajêng wontên ingkang pitakèn, punapa kawontênaning panggaotan-panggaotan ing tanah Ruslan punika botên wontên panitipriksanipun babarpisan, lan punapa sabên tiyang komunis ingkang kadadosakên kapala, punika kenging anglampahi saha nindakakên punapa kemawon kanthi sapurun-purunipun piyambak. O, punika botên, panitipriksa mila inggih wontên, ananging kanthi katindakakên dening para amtênar.

Panggaotan-panggaotan ing ngrika sami kadadosakên satunggal kalihan panggaotan-panggaotan gadhahanipun nagari, samantên punika manawi pamêdalipun sami, saha sadaya panggaotan wau dipun ulat-ulatakên tuwin katitipriksa dening rad-rad ing bab ekonomi. Ananging lampah ingkang makatên punika malah anyingkiri dhatêng sajak-sajakipun ingkang ngatingalakên wontênipun wêwênang urun rêmbag. Sadaya wau maligi kantor-kantoring para amtênar, dados sami kemawon kalihan kantor-kantoring dhepartêmèn ing Indhia ngriki, tuwin punggawanipun para: ahli padamêlan kriya, ahli nyêpêng buku, ahli pangadilan, ahli urusan arta lan para juru sêrat. Sadaya wau sami dipun bayar supados anyambut damêl wontên ing ngriku, dados botên beda kalihan kawontênanipun para kaum bêrah ing pabrik. [pa...]

--- 327 ---

[...brik.] Panggaotan-panggatoan wau sami angsal rancangan padamêlan saking rad-rad ing bab ekonomi saha kawajibakên suka sumêrêp sadaya angsal-angsalaning panggaotan dhatêng bêbadan-bêbadan wau. Mênggah kawontênanipun panitipriksa, saklangkung jêmbar sangêt, kados ta: kangge lapuran taunan tumrap sadaya ada-ada kemawon, gung-gunging wragadipun langkung saking 600 yuta rubêl, lan tumrap palapuran wau, panganggenipun kêrtas, pakaryan sêpur migunakakên sêpur barang 11 iji ingkang dipun momoti kêbak. (Cacah-cacah wau, pawartos saking sèkretarising komisi panitipriksa saking parte, kala konggrès mêntas punika, ingkang dipun wontênakên dening ada-ada ing Mosko). Ananging panitipriksa wau, sanadyan kanthi sêsêratan kathah sangêt, kawontênanipun botên sapintêna.

Mênggah panggaotan ing tanah Ruslan punika, anèhipun, dene pamêdalipun botên sagêd anyêkapi punapa ingkang dados kabêtahaning umum, jalaran lumêbêtipun dagangan saking sanès nagari dipun cumpi sangêt. Jalaran saking punika, panggaotan ing ngrika lajêng sagêd anêmtokakên rêrêgènipun punapa kemawon, lan para ingkang prêlu ngangge inggih lajêng kêdah ambayar kemawon, sanadyan rêrêgènipun tikêl tiga, malah ngantos tikêl gangsal kathahipun tinimbang rêrêgèn umumipun ing sanès nagari. Ingkang punika lajêng tuwuh lêlampahan-lêlampahan ingkang nganèh-anèhi, inggih punika kalanipun adamêl rancangan taunan, satunggal-satunggaling panggaotan sami mêmpêng anggènipun nginggil-inggilakên panêpsiring wragadipun. Mênggah ingkang dados prêlunipun, supados sagêd katêmtokakên, murih panyadening barang-barangipun sagêda langkung awis, manawi botên sagêd angsal pitulungan kangge anutupi karugianing panggaotanipun. Ingkang makatên wau, tiyang lajêng pangkat dhatêng têlênging nagari, upaminipun kemawon dhatêng Mosko, saha lajêng miwiti rêrêmbagan kalihan para insinyur-insinyuripun apdhèling saking rad ing bab ekonomi ingkang inggil piyambak, inggih punika ingkang ambawahakên panggaotan wau. Para insinyur-insinyur wau lajêng anocogakên sakêdhik dhatêng wontênipun cacah-cacah ingkang kalapurakên wau, ngantos kawontênaning cacah-cacah wau, ing sadaya panggaotan, ingkang sami dêdamêlanipun, wusananipun inggih mèh sami kemawon. Sadaya-sadaya sami tumut angindhakakên wragad-wragad ingkang dipun wêdalakên, jalaran saking punika rêrêgèning barang-barang saindênging nagari sakêdhik-kêdhikipun mindhak 20% katimbang upami lampahing panuntuning panggaotan wau kanthi salêrêsipun. Mênggah ing bab agênging wêdalipun panggaotan, punika botên karembag panjang, sabab salaminipun tansah kêsêkêdhikên, ingatasipun ing ngriki tansah kakirangan barang, ananging ing sarèhning panggaotan-panggaotan wau tansah amratelakakên, bilih barang samantên punika sampun kathah-kathahipun ingkang kagarap, amila inggih botên sagêd kaewahan malih.

--- 328 ---

Nalika angrêmbag rancangan wêkasan, ingkang wangsulanipun sadaya pitakenan ingkang gêgayutan kalihan panggaotan ing Sibèri ing taun 1925 dados têtanggêlanipun Tuwan Baars, sasampunipun sarujuk ing rêmbagipun Tuwan Baars lajêng arêraosan makatên: saiki rak iya bakal saru bangêt arane, upama olèh-olèhaning panggaotan, ora dimurahake 20%. Ingkang dipun wastani saru wau sampun kalangkung, ewadene rêrêgèning panyadean ingkang sampun dipun têmtokakên wau, prasasat botên sagêd nyêkapi wragad-wragad ingkang sampun kawêdalakên. Rêrêgèning barang ing papan panggaotanipun Tuwan Baars, punika sampun tamtu sami kemawon kalihan rêrêgèning barang-barang ingkang sampun katêmtokakên dhatêng panggaotan-panggaotan sanèsipun, ingkang makatên wau amratandhakakên, bilih pamêdalipun sadaya panggaotan sami kemawon kalihan papan panggaotanipun Tuwan Baars.

Panitipriksanipun, nocogakên ingkang sampun katêmtokakên wontên ing rancangan, botên wontên malih, wontênipun panitipriksa ingkang sayêktos, kadosdene ingkang dipun sumêrêpi dening kapitalisme, saha ingkang amêksa tiyang murih anuntun panggaotanipun kanthi salêrês-lêrêsipun, manawi tiyang wau botên angajêngi dhatêng risaking panggaotanipun, punika ing tanah Ruslan botên wontên babarpisan. Sabên taun arta ingkang kabucal ewon yutan, jalaranipun botên sanès amargi pamêdaling panggaotan-panggaotan wau kirang sangêt saha rêrêgènipun saklangkung kawisên, katimbang manawi panggaotan-panggaotan wau angsal tuntunan ingkang sae. Sabên tiyang anggènipun adamêl rêrêgèning barang kanthi dipun indhakakên ngantos 20% dumuginipun 25%. Ingkang punika tiyang lajêng anggadhahi arta celengan sawatawis, ingkang kenging dipun pigunakakên manawi wontên rubeda ing salêbêting panggaotanipun utawi malih manawi kalêrês wontên lêlampahan ingkang botên kajarag, dene ing tanah Ruslan lêlampahan ingkang makatên wau prasasat sabên dintên. Cara ingkang makatên wau sampun kalampahan ing papan pamêlikan, inggih punika ing rantamanipun dipun wontênakên kajêng kangge bêkakas 20% langkung kathah tinimbang kabêtahanipun, jalaran saking kathahing kajêng ingkang dipun colongi. Awit para tani ingkang kalanipun dalu nyolongi kajêng-kajêng sarana grobagipun ingkang kamomotan ngantos kêbak, anjalari têlasing kajêng tandhon wau. (Badhe kasambêtan)

--- 329 ---

Ekonomi

Sambèn ingkang Lumayan.

(Ngingah ulam mas-masan ing balumbang).

Tarkadhang para têtiyang padhusunan kapetang kathah ingkang griyanipun cêlak lèpèn alit utawi pakawisanipun gampil kailenan ing toya, ingkang makatên wau kula tumut nyayogèkakên pakawisan ingkang makatên wau kadamêlna balumbangan, tur toyaning balumbang wau sagêd nêlêsi pasitènipun pakawisan minôngka panyiram tumrap têtanêman ing sakiwa têngênipun ngriku. Dene balumbang wau kacêmplungana bibit ulam mas-masan utawi gramèh. Mas-masan punika bangsaning wadêr, nanging sagêd agêng tur rupinipun sae, sisikipun abrit sulak jêne, pramila dipun wastani mas-masan, manawi pinuju ngantang (satêngah kambang) cahyanipun kumilat sumorot abyor anêngsêmakên. Manawi kaingah ing balumbang gampil sangêt babaripun, anggêr toyanipun sagêd mili lumintu, tur enggal agêng. Kula piyambak sampun nyobi nindakakên ngantos sapriki. Rumiyin kula wiwit nyêmplungakên bibit panjangangipun watawis 6 c.M, sarêng angsal 4 wulan kula êntas sampun 13-14 c.M. panjangipun, malah ngantos sapriki wontên ingkang sampun watawis 10 wulan botên kula undhuh-undhuh, dumadakan agêngipun watawis sakempol tur panjangipun sampun 42 c.M. kintên-kintên wawrat 2 1/2 pon. Môngka salaminipun kula ngingah wau prasasat botên nate kula opèni, tandhanipun babar pisan tanpa kula sukani têtêdhan kajawi namung ngilèni toya tanpa kêndhat.

[Grafik]

Ing tanah Jawi wetan sampun dipun adani dening priyantun lan bau supados tiyang-tiyang dhusun samia gadhah kawêkêlan bab ngingah ulam loh, ingkang kangge coban inggih punika ulam mas-masan tuwin gramèh, kaingah wontên ing wadhukan (tandhon toya ing sabin), tiyang-tiyang ing parêdèn rupinipun sampun katingal sênêng ngingah ulam wau, kabêkta saking awisipun ulam sagantên awit têbih pasisir, ingkang makatên wau raosing batos kula mangayubagya sangêt dhatêng ihtiyaripun ambtenaar voor binnen visscherij amajêngakên bab pêncar saha tumêrahipun ulam-ulam loh. Awit samôngsa tiyang kirang wêkêl angudi indhaking kathahipun ulam loh tamtu ing têmbe wingking badhe kêkirangan ulam, môngka sadaya tiyang mêsthi sami nêdha ulam loh sabên dintên.

Mangsuli bab ing nginggil, manawi nêdya ngingah ulam minôngka pasrèning pakawisan, balumbangipun prayogi kapagêr ingkang kêkah, pinggiring balumbang katanêmana sêsêkaran utawi bôngsa têtuwuhan ingkang mêdal asilipun. Dene wiyaring blumbang cêkap sabên ulam mas-masan satunggal utawi [u...]

--- 330 ---

[...tawi] kalih kêdah manggèn ing balumbang ingkang wiyaripun saêru pasagi utawi kirang, nyêmplungakên bibit ulam wau tanpa pilih-pilih môngsa sampun prayogi. Manawi ulam sampun ngajêngakên nigan kasukanana papan paniganan (patarangan) ingkang kadamêl êduk kagapit onggrong-onggrong kaangkaha ulam sênêng nigan ing ngriku. Bilih sampun nigan kadhangkala êduk wau kaêntasa, dangu-dangunipun 5 mênut supados angsal hawa bêntèr sawatawis, nanging sampun ngantos katingal kisut, awit murugakên botên sagêd nêtês. Wanguning tigan mas-masan punika bundêran pating printis alit-alit, kados para maos sampun ngawuningani. Dene manawi sampun katingal nêtês dipun wastani nènèr, nènèr wau prayogi kadèkèk ing papan sanès, inggih punika ing balumbang ingkang bagiyan ngandhap piyambak, prêlunipun sampun ngantos katêdha dening ulam ingkang agêng-agêng. Kauningana, manawi balumbang wau ngantos wontên ulamipun, punika ambêbayani sangêt tumrap nènèr-nènèr wau, malah trêkadhang ulam ingkang agêng sok dipun môngsa kèpètipun, wah, kenging kawastanan amaning mas-masan.

Manawi sagêd radi kathah, ngingah mas-masan punika kenging kawastanan lumayan minôngka sambèn tinimbang nganggur, tur nyumbang lawuh. Wasana sintên ingkang nêdya badhe ngupados bibit ulam kasêbut nginggil, kenging tumbas utawi nêdha katrangan dhatêng ambtenaar voor de binnen visscherij ing Puntên, Batu (Malang), ing ngriku sadhiya nènèr kathah sangêt.

Nyuwun Ngapuntên: Kula pun : Nirrasa. Tumpang (Malang).

Griya Gambar Idhup ALHAMBRA.

[Grafik]

Sasisih punika griya gambar idhup Alhambra ing Malang, ingkang gadhah Tuwan Hassan Alie Soerati. bôngsa Arab. Panggenan wau ugi kenging kangge main tonil, tuwin sanès-sanèsipun. Wiyaripun 14 M, panjangipun 45 M. cêkap kangge ningali tiyang 1000. Ing ngriku ugi dipun sadhiyani padandosan w.c. tur pamanggènipun adhakan.

--- 331 ---

Pitakenan lan Wangsulan

Patanyan.

Ha. Ing buku pathokaning nyêkarakên bab ukara sasmita wiwitaning sêkar, ing sasmita: pangkur (kaca 45) kasêbutakên:

Pangkur, mawi têmbung: kapungkur, utawi ingkang: mawi kur, punapadene ingkang atêgês mêngkêrakên. Ing ngriku sêpên têmbung sasmita: yuda kanaka. Punika kenging punapa botên.

Na. Basa antya. Saking bakunipun têmbung: ngoko, krama inggil sarta têmbung krama sawatawis. Nyuwun katrangan kadospundi pamasangipun têmbung krama, sarta sapintên kathah kêdhikipun.

Sumarta.

Wangsulan

Ha. Kajênging sasmita: yuda kanaka, punika raosipun mantuk dhatêng wangsalan, yuda, têgêsipun pêrang, kanaka, têgêsipun kuku, wêtahipun dados: pêrang kuku, dene pêrang kuku wau têgêsipun: kukur-kukur, dados kajêngipun inggih dhatêng kur. Mila inggih kenging kemawon.

Na. Mênggah pathokan panganggenipun basa antya, makatên:

a. Tumrap tiyang kapisan, têmbung awak angsal ngoko.

b. Atêr-atêr lan panambang ngoko.

c. Tumrap tiyang ingkang kaping kalih, têmbung ingkang kasarira, angsal krama inggil.

Tuladhanipun, kados ta:

Aku mirêng, panjênênganmu gêrah bèri-bèri nganti kêraos ing sampeyan, iku jampine gampil bae. Panjênênganmu apa karsa dhahar sêkul abrit.

Kajawi têmbung krama inggil kasêbut ing nginggil, saha têmbung-têmbung sawatawis ingkang kêdah kalêstantunakên ngoko, têmbung sanès-sanèsipun dipun kramakakên sadaya. Dene têmbung-têmbung ngoko ingkang botên kenging dipun kramakakên mênggahing basa antya, ingkang sampun pinanggih:

Ana, êndi, ora, aku, iki, utawa, isih, apa, aja, iya, amarga, ênggon, kana, kene, kono, karo, kapan, kapriye, kang, durung, tak, dudu, saiki, saprana, saprene, samana, samene, sing, wis, lagi, pira, dhèkmu, manèh, manawa, mênyang, marang, mung, mêngko, mangkana, bae, nganti.

Mênggah panganggening têmbung krama inggil, punika gampil, dene ingkang angèl, punika panganggening têmbung krama, awit wontên ing kakengingakên, wontên ingkang botên, kados ta tuladha ing nginggil, têmbung apa têtêp ngoko, sarêng têmbung gampil, dados krama. Ingkang makatên punika, dados kados namung gumantung wontên ing raos, nanging lowung dene wontên pathokanipun sawatawis.

Red.

--- 332 ---

Kawruh Warni-warni

Pados Setan Inggih Pados Pasugihan

Kapitadosanipun tiyang Jawi, kasugihan punika kenging dipun saranani saking pados setan, awit setan punika sagêd andhatêngakên pasugihan, dene dunung tuwin bangsaning setan wau warni-warni, punapadene namaning pasugihan inggih warni-warni.

Mirid saking ujaring tiyang ingkang ngandêl dhatêng kawontênaning pasugihan pados setan wau, tamtu mawi sêsanggêman ingkang awrat, tiyang ingkang nglampahi kêdah anyanggêmi dhatêng janji-janjinipun, wontên ingkang kêdah bantên anak, inggih punika nglilakakên pêjahing anakipun samôngsa dipun têdha dhatêng setan ingkang suka kasugihan. Wontên ingkang mawi anjanjèkakên badanipun piyambak, samôngsa sampun gadhah anu, upaminipun griya joglo jèjèr sanga, utawi sanès-sanèsipun, kadugi lajêng kairid dhatêng kayanganing setan. Dene piandêlipun tiyang ingkang nglampahi, dununging setan punika wontên papan ingkang rungkud, utawi wontên padununganing barang ingkang elok, kados ta rêca agêng sapanunggilanipun.

[Grafik]

Wêwarnèn ingkang elok, limrah dipun anggêp ambrêkahi.

Manawi tiyang ingkang nglampahi sampun kêdugi, ing ngriku sawêg katampèn sêdyanipun pados setan. Nanging taksih wontên janjinipun malih, inggih punika:

1. Kêdah nglampahi botên limrah kalihan tiyang, sampun ngêbrèh dhatêng donya, botên ketang saêsèn kêdah sumêrêp tanjanipun.

2. Sampun ngantos purun nyambuti arta tuwin punapa kemawon manawi wangsulipun ingkang dipun sambutakên wau botên mawi ambêkta pakolih, upami arta inggih kêdah mawi anakan, sanadyan uwos pantun inggih makatên, dene manawi nyambuti barang, inggih kêdah dipun sewakakên.

3. Lan malih poma, saupami nyênyambutakên kêdah grèpèh nagih, sampun mawang sadhèrèk pawong [pa...]

--- 333 ---

[...wong] mitra, kêdah dipun gujêg kemawon, sanadyan dipun rencangana pabên, inggih dipun lampahi, prakawis dipun sêriki ing tiyang, punika botên dados punapa, ngèngêtana bilih donya brananipun punika gadhahanipun sang setan, botên kenging dipun angge mainan, awit setan sangêt-sangêt anggèning ngrencangi dhatêng indhaking donya.

Yèn nyata sagêd anglampahi, awit saking brêkahing setan, tiyang ingkang gadhah panêdha badhe kasêmbadan sêdyanipun, botên dangu lajêng sugih andêrbala.

Manawi dipun laras, janji ingkang kapisan punika namung manjing dhatêng kaantêpaning manah, antêpipun mawi kamoran ing gugon tuhon, dene janji ingkang kaping kalih tigang bab, punika sayêktosipun nyata sadaya, pancèn mênggahing prakawis tiyang badhe sugih inggih kêdah makatên. Mênggah kajêngipun bab tigang prakawis wau:

1. Tiyang anglampahi botên limrah kalihan tiyang, punika mikantuki dhatêng sudaning kaborosan, awit tiyang mingsêt saking griya makatên, botên ketang sakêdhik tamtu ngêdalakên waragad, dangu-dangu lajêng tuman, saha botên ngêbrèh. Tiyang manawi sampun sagêd tumindak makatên wau, tamtu lajêng sagêd anênuntun dhatêng sudaning wêdalipun kabêtahan, saupami kapengin nênêdha eca, cêkap ukur-ukur kemawon, pintên banggi angênggèni bakuning tiyang nêdha punika waton tuwuk, nyandhang ngangge inggih waton botên kamohan.

2. Bab angênggèni watêk melik pakolih, punika pancèn anggènipun tiyang ingingkang.

nêdya ngindhakakên bôndha, awit manawi botên makatên, tamtu badhe botên dados.

3. Dene bab manggan tuwin têgêlan, punika nama pinanggihing tumindakipun ing damêl, inggih kêdah makatên punika, awit manawi botên sagêd makatên, salaminipun namung badhe dipun gêgampil ing tiyang. Tiyang sanès badhe mastani tiyang botên limrah, tiyang nyênyêngit, punika botên dados punapa, awit nama namung têmbungipun tiyang botên kalêgan ing manah. E, cêkakipun manawi prakawis dipun gêgampil, sanadyan dumugia ing pangadilan pisan, inggih dipun lampahi.

Ing sapunika têtela, bilih lampahipun tiyang pados setan wau kenging dipun telad ing tiyang limrah, botêna mawi dhatêng pasetanan inggih sampun gadhah setan, dados kajêngipun, tiyang pados setan punika botên wontên, janji purun anglampahi kados ingkang kasêbut ing sêsorah, tamtu dados tiyang pados setan piyambak.

Kawontênan ingkang kados makatên punika kados sampun cêtha têtuladanipun ingkang katingal. Kados ta: kathah kemawon tiyang sugih ingkang owêl-owêlên adamêl dana dhatêng kêlimrahan, manawi nêdha kêtingal anggèning anjirêt gulu, nyandhang ngangge trimah awon, waton awèt, ngantos dipun wastani tiyang botên limrah.

Ing sarèhning sadaya wau nyata, tuwin wontên saenipun, punika lêlampahanipun pinanggih dados sae, namung dipun borongakên ingkang badhe anglampahi.

--- 334 ---

Rêmbagipun Sêmar, Garèng lan Petruk

Bab Siyam.

Sambêtipun Kajawèn ôngka 16.

Garèng : Dadi sing diwajibake pasa kuwi wiwit bocah umur 15 taun. Wah, la kojur awakku kiyi, ingatase wis umur 40 taun, têka durung tau pasa sajêge, la iya kapriye manèh, ing sarèhne wis salah sapisan, mulane aku iya ora arêp pasa bae.

Petruk : Wah omonge Garèng kiyi sajake kaya sawijining uwong sing tanpa kêjarag ujug-ujug kalêbon iwak babi sacuwil, barêng karasa enak, ora banjur dilèrèni, malah ditêrusake anggone mangan, calathune: mangan casuwil kharam, mangan sapiring iya kharam, dadi tinimbang ngrasakake sathithik aluwung ngrasakake akèh babar pisan, dosane toh padha bae. Ha mara, omongan mêngkono kuwi apa dudu omongane wong kasambêd arane. Ing môngka rak iya wis ana unèn-unène, mangan pêpanganan larangan, yèn pancèn ora disêngaja, têgêse pancèn ora wêruh têmênan, yèn kuwi pangan larangan, tamtune rak iya dingapura. Sêmono uga Si Garèng, yèn banjur gêlêm anglakoni pasa, sokur bage gêlêm nyaur salawase ora pasa, kuwi rak iya wis aran nêtêpi apa sing diwajibake dening agamane.

[Grafik]

Sêmar : Bênêr omongmu Truk. Saiki tak banjurne omongku bab wong sing diwajibake pasa, kajaba rong prakara sing wis tak kandhakake ing ngarêp, sing diwajibake pasa, yaiku wong sing kuwasa pasa.

Garèng : Hla, lidok ta, cocog bangêt karo panêmuku. Dadi anggonku ora pasa kiyi, ora kuwalahan bangêt-bangêt, amarga rumasaku durung kuwasa pasa. Dene panêmuku wong sing kuwasa pasa, kuwi wong sing bandhane wis mênêng, têgêse: sanajan oraa nyambut gawe wis bisa mangan. Wong kang mêngkono kuwi iya bisa anggone mranata pasane. Mranatane mangkene: nèk bêngi omong-omongan karo kônca-kancane, sokur yèn ana sing glenggengan maca layang Menak utawa Panji, karo ngombe wedang kopi pacitane: jadah bintul, gorengan jêrohan wêdhus sing kêmripik kae, mêngko kira-kira jam têlu banjur saur, dene nèk wis arêp gagat esuk, banjur mapan turu, tangine mêngko arêp buka.

Sêmar : Wiyah, apa prasasat awan digawe bêngi, bêngi digawe awan, nèk mêngkono kuwi rak ngèlmuning kalong. Mungguh wong sing diarani kuwasa pasa, kuwi wong sing ora duwe udur apa-apa, têgêse: wong sing ora lara, ora cacad, cêkake wong sing kuwat sarta bagas kuwarasan.

--- 335 ---

Petruk : Ma, Ma, bok aja usah amanggalih pandalêminge Si Garèng, wong mung arêp madoni bae thok, luwih bêcik têrusna bae pangandikamu.

Sêmar : Dene tumrape wong wadon isih ana ancêr-ancêre manèh, yaiku kudu suci saka khèl lan nèphas.

Garèng : Lah, maune aku kok ora dilairake dadi wong wadon bae, dhonge rak bisa olèh sudan apês-apêse pitung dina.

Sêmar : E, kurang ajar, kaya wong têtuku nganggo golèk redhuksi (sudan). Kajaba kang wus dak critakake, pasane kudu têlung puluh dina têrus.

Petruk : Kaya-kaya wis cukup, Ma, anggonmu paring katrangan, saiki aku paringana priksa kang dadi bataling wong pasa, sabab bab iki aku durung pati têrang.

Sêmar : Nèk aku ora kliru, sing agawe bataling wong pasa kuwi kabèh ana 10 warna, yaiku: 1. anglêbokake barang ing babahan nawa sanga, 2. mutah kang dijarag, 3. jimak, 4. ngêtokake rahsa kang ditêmaha, 5. edan dadakan, 6. lara sadina, 7. mangan sadurunge manjing buka, 8. khèl lan nephas, 9. katêkan murtad, lan 10. duwe anak anyaran.

Garèng : Bab kabèh mau aku wis nyandhak, Ma, mung bab 9 andadèkake bingunge atiku, sabab sing wis dak rungoni têka gèsèh bangêt karo sing kok ngandikakake mau, jarene nèk katêkan ing bab 9 kuwi apik bangêt, yakuwi, dalan-dalan dadi apik, diaspal, di…

Sêmar : Hus, kuwi rak mintrad, yaiku pangrèhing kutha (gêmintê), balik murtad kuwi têgêse rak beda bangêt. Upamane bae mêngkene: sajêrone kowe pasa, kok banjur tuwuh pikiranamu maido marang kaprêluane pasa, kuwi pasamu iya banjur batal.

Petruk : Ma, Ma, kayadene aku kiyi sajêge ora tau pasa, apa sabanjure aku kiyi ora diwajibake nyaur pasa, anggone tansah nglowongi ora tau pasa mau.

Garèng : Tak lilani, Truk, Truk, yèn kowe bakal nyauri anggonmu ora tau pasa kae, lagi utang aku grontol ambêjaji sabenggol bae saprene ngêmplang, kathik reka-reka arêp nyauri pasa.

Sêmar : E, Garèng kiyi kathik ngina sapadhaning titah, dumèhane Petruk nèk mangan katon drêmba bangêt, durung kinur yèn Petruk iki ora bêtah pasa, nèk pancèn wis gêlêm, sanadyan pasa saminggu ambladhêg, anggêre aja tansah diawasake bae, mêsthi bêtahe, mungguh pitakonmu, apa wong diwajibake nyaur pasa, kuwi pancèn mula ya mangkono. Mung bae ana dina sawatara, sing nèk dipasani ora jênêng pasane ora sah bae, ananging pasa ing dina kuwi malah diunèkake kharam, yaiku: ing dina bakda Sawal lan Bêsar, dina Sakban lan liya-liyane manèh. (Badhe kasambêtan)

--- 336 ---

Panglipur Manah

Mêmanising Gêsang.

[Dhandhanggula]

Sarasaning tyas dènnya mrih manis / wus kanyatan tinêmu manusa / dènnya mêmayu uripe / nanging sajatinipun / têntrêmira janma nèng bumi / anggung antuk rubeda / kang tansah tumruntun / kadya pêpalang sanyata / kang ngrêridhu marang sarasaning janmi / dènira amrih suka //

Nanging janma tan kêndhat nyranani / panulaking punang pôncabaya / têmah dadi kulinane / kongsi rumasa tan wruh / anindaki pakaryan jati / mung ing sanyatanira / kaanan puniku / minôngka pêpèngêtira / mring sanggyaning manungsa mung mamrih eling / maring lêlakonira //

[Grafik]

Yèn rinaras kaanane yêkti / malah aran nêrahi sadaya / tan mung mring manungsa bae / nadyan mring kutu-kutu / sato kewan miwah sanggyaning / kang têtuwuhan samya / uga antuk giyuh / kawuryan yèn kawisesa / kataman ing sarasanirèng sêsakit / miwah antuk palastra //

Amung beda lan ananing janmi / ingkang darbe sampurnèng pangrasa / bangkit nyênyilah anane / suka kalawan giyuh / tanpa kêndhat ngrêrasa maring / ananirèng lêlakyan / kang tansah tinêmu / lan tumindak sabên dina / tanpa kêmba pan amung rinasa manis / salami-laminira //

Marma lamun kêrasa kêgingsir / kataman ing cobaning pangrasa / gita-gita pamiwale / mung mrih têtêp tinêmu / dènnya ngudi sênênging ati / dene sanyatanira / adhakan kêpangguh / mungguhing têtalanira / janma dahat dènira anggung nrêsnani / marang ing uripira //

Miwah janma wus bangkit mêruhi / mring sanggyaning sarana kang dadya / têtaline ing uripe / yèku kaananipun / pangan ingkang amigunani / mrih dadya bagas rosa / myang panulakipun / lamun kataman ing roga / nênungtum mring kasantosanirèng ati / tindak ajaga-jaga //

Ing satêmah dadya ngulinani / tumindaking dènnya ngupaboga / lumintu sabên arine / tan pisan mawa ngetung / sabab sabak kang mêmalangi / uga mêksa tinêmah / manrang ing pakewuh / dening labêt wus kulina / lamun janma têtêp kanthinira bukti / tinêmu sabên dina //

Kadi gambar kang kawuryan yêkti / ananira wênèh ing nagara / ingkang nuju banjir gêdhe / lumembaking kang ranu / dahat agung kongsi ngêlêbi / salumrahirèng praja / janma pating krubyuk / mrih pangungsèn kang prayoga / kêni môngka pasênêtan jroning atis / lan nyingkiri bêbaya //

Parandene sajroning prihatin / maksih têtêp ing tumindakira / ngupaya maring pangane / umêksa kusung-kusung / mring dununging jagal kang sami / sadhiya ananira / daging pating grandhul / minôngka sadhiyanira / para ingkang samya bêtah sabên ari / mrih lêstari widada //

--- 337 ---

Aywa kongsi kêndhat ing pangudi / dadinira gêsang kasêmbadan / lêstari sabên arine / kaanan kang kadyèku / têtêp aran padha ngênggoni / miwah daya-dinayan / rukunirèng idhup / dadya tan ana sulaya / kang ngupaya sinadhiyan kang ngêdoli / tan mawang môngsakala //

Lan wajibing kang ulah pambudi / lamun nuju môngsakalanira / tinêmu bêbaya gêdhe / miwah tuwuh rêrêtu / kang kawasa wajib umikir / mring kaslamêtanira / kang tinitah giyuh / maring padhaning manungsa / nadyan maring sato ywa prabeda ugi / traping wilasanira //

Awit dadya sabangsaning anjing / kadi ingkang pinêtha ing gambar / datan beda pangrasane / kudu amburu idhup / ing nalika praptaning banjir / mêthangkrong anèng kandhang / kawuryan ing sêmu / kalamun nandhang duhkita / lir anganti pitulunganirèng janmi / kang ambêg paramarta //

marma janma wajib amêlasi / maring titah kang mangguh kapêsan / aywa mung ginuyu bae / yèn ta rinasa tuhu / punang sona dènnya prihatin / kasêpèn ing pasambat / amung sarwa bingung / tanbuh-tanbuh kang pininta / amung ngringik sinêlanan jugug rarih / yèn ta lamun jinarwa //

Dhuh-dhuh janma mêlasana ugi / ing dasihe kang nandhang sangsara / anèng luhur kandhang kene / tan wontên kang têtulung / angêdohkên bêbaya warih / miwah kaluwèn kula / tan wontên kang nulung / têmah kula kalengkengan / mung ngêngudi kalakona dèn tulungi / uwal saking sêngkala //

Tanpa kêndhat dènira ngrêrintih / dening atis trus maring tyasira / rinasa tanpa watêse / iku môngka pêpemut / mring janma mrih tataning ati / nênuntuna kotaman / mrih tuman anggilut / têmah tumanêm sanyata / têtêp aran titih tumonton ing gati / têpa maring sasama //

Kang kadyèku yèn rinaras yêkti / ananira kang asipat gêsang / datan ana prabedane / ingkang kacipta amung / mêmanise dènnya dumadi / tan mawa mawang janma / yêkti akèh jumbuh / wose kang ingudi samya / amung maring mêmanisira kang urip / amrih widadanira //

--- 338 ---

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

[Grafik]

Paduka Tuwan H. Colijn tilas ministêr presidhèn ing nagari Walandi sampun dumugi ing tanah Jawi, mênggah rawuhipun paduka wau wontên ing ngriki, kathah sangêt prêlu ingkang badhe katindakakên. Ing sapunika panjênênganipun Tuwan H. Colijn nuju wontên ing Bogor, lêrêm wontên ing pura Bogor.

Karamean malêman ing Klathèn wulan punika, langkung agêng tinimbang ingkang sampun, pakaryan kasarasan badhe mitongtonakên pitêdah warni-warni ing bab sêsakit cacing tambang, tuwin pès, mawi mujudakên gambaraning griya modhèl enggal, tuwin gambar sorot ingkang ngêtingalakên bab bêbayaning sêsakit cacing tambang.

Ing bab bêna ing Surakarta ing saêlèr kitha, damêl risakipun griya 132 wuwung, kapigunanipunkapitunanipun. agêng, wontên lare ingkang kèli satunggal. Têtiyang ingkang kêbênan sami angsal cadhong saking pamarentah.

Ingkang angsal pamênang lotre Lavalette ingkang f 100.000 sawênèhipun bôngsa Eropah, nanging namanipun kadamêl wados.

Lulus iksamên arsitèk B.O.W. sipil, Tuwan L. Kailola.

Kawontênanipun pamulangan Darmarini ing Blora saya kêtingal majêng. Badhe tutuping pamulangan ing dintên liburan, ing ngriku dipun wontêni pasamuwan, dipun jênêngi ingkang bupati tuwin priyantun sanès-sanèsipun.

Hooggerechtshof nêtêpakên karampunganipun rad pan yustisi ing Samarang, Tuwan A.V. Versteegh, wd. Algemeene Ontvanger ing Cilacap, kaukum kunjara 2 taun, prakawis salingku.salingkuh.

Anggènipun residhèn ing Banyumas nyadhiyakakên sanjata 300 iji, kangge mêjahi kewan ama, ing sapunika sampun anglapurakên kawontênaning ama ingkang sampun dipun pêjahi: ing Banyumas bajing 4816, andhapan 4 sarta sanès-sanèsipun 117. Ing Purbalingga, bajing 781, sanès-sanèsipun 3, andhapan sêpên. Ing Banjarnagara, bajing 461, andhapan 17, sanès-sanèsipun 122. Ing Cilacap bajing 418, andhapan 42 tuwin sanès-sanèsipun 183. Ing Purwakêrta, bajing 2713, andhapan 4, sanès-sanèsipun 148. Ingkang nama kewan sanès-sanèsipun punika: kêthèk, sagawon wana, sawêr, luwak, baya tuwin sima tutul.

Pambantu Kajawèn ing Malang martosakên, bilih saking Malang dhatêng Kêdhiri badhe dipun wontênakên tram èlèktris, mêdal ing èrèng-èrèngipun parêdèn Kawi sisih lèr, inggih punika mêdal ing Batu tuwin Rantang, malah sapunika sawêg nêngah-nêngahi anggarap marginipun, pamasanging kawat sampun rampung, mêndhêt kakiyatan saking lèpèn Kunta.

Katêtêpakên dados lèdhêlêk lanrèhtêr kinging. Pakalongan, Radèn Mas Sudarta Mangkusubrata, wakil pursitêr landrad ing Madiun, Mistêr Mas Husèn Tirtaamijaya, amtênar têrbêskiking landrad ing Bandhung tuwin Sumêdhang. Dados pursitêr landrad ing Kraksaan, Pasuruan, Mistêr Radèn Sastra Adipubranta. Dados pursitêr landrad ing Têrnate tuwin Gorontalo, Mistêr Mas Sarip ing Dayat. Dados pursitêr landrad ing Pamêkasan, Mistêr Radèn Satoin Kartanagara.

Pakaryan kasangsaran ing Batawi mêntas mitulungi sawênèhing tiyang èstri ing Kêbon Gala, ingkang kakintên sakit kolerah, lajêng kabêkta dhatêng griya sakit. Griyanipun tiyang wau lajêng dipun rêsiki, tuwin têtiyang sacêlakipun ngriku, kintên-kintên tiyang 30 sami dipun suntik. Salajêngipun tiyang ingkang sakit wau ngajal, nanging dhoktêr dèrèng sagêd nêtêpakên sakit punapa.

--- 339 ---

Wêwaosan

Sêsupe Agêmipun Rajaputri ing Seba

19. Kadospundi anggèn kula miruda saking kitha Harmac

Dangu-dangu têtiyang ing wingking ngangsêg dhatêng têtiyang ing ngajêng, lan têtiyang kathah ingkang sami bêngok-bêngok wau sampun anglangkungi alun-alun, sumêdya amêjahi têtiyang tiga, ingkang anggadhahi dêdamêl enggal anggêgirisi wau. Wujuding grombolan tiyang wau kados têtingalan ingkang anèh saha ingkang angêgèt-êgèti. Ingkang kados makatên wau kula dèrèng nate nyipati.

Orme awicantên: saiki lèrènana anggonmu ambêdhil, lan lakonana apa prentahku. Unta-unta kae gawanên lunga kira-kira sèkêt mètêr dohe, lan banjur ngêntènana. Dene yèn kowe lan aku ora bisa kêtêmu manèh, ora liya kowe padha tak dongakake, supaya anggonmu lêlungan iki bisa slamet, lan sabanjure nêmu kabungahan. Kula tiyang kalih lajêng mangkat, Quick mèh nangis jalaran saking isin saha anyêlipun.

Sêsambatipun Sêrsan Quick: o ya talah têmên, nèk ngèlingi Samuel Quick sêrsan ing prajurit sêni, kang wis tau milu pêrang ping pat, lan wis olèh mandhali lêlima, têka nalôngsa bangêt, dene ditundhung sarana anggawa gêgawan, kayadene sambarangan uwong bae, lan kêpêksa aninggal bandarane, kang lagi pêrang mungsuh wong kurang luwih têlungèwu. Bandara dhoktêr, manawi Kapitan Orme mangke botên rawuh, langkung prayogi manawi panjênêngan anglajêngakên tindak piyambak, amargi kula badhe kantun kalihan panjênênganipun, na, saiki lakune wis ana sèkêt tindak, ayo anjêrum, kewan èlèk. Salajêngipun Quick nuthuk êndhasing unta kalihan poporing sanjata sêru sangêt.

Saking papan pakèndêlan kula tiyang kakalih, sagêd ningali kawontênanipun ing alun-alun saking lawanganing gapura. Ing ngriku katingal kados pakêmpalan agêng ing dintên Ngahad, ombyaking tiyang kathah sangêt, larikan ingkang ngajêng piyambak sampun dumugi ing sangajênging papan pangimaman, ingkang dunungipun wonênwontên. ing têngah lêrês.

Quick garundêlan: geneya ta dhèwèke têka ora banjur nyumêt ucêng-ucênge dhinamit. O, ngrêti aku saiki akale. Môngga kapirsanana. Kala punika piyambakipun nudingi Orme ingkang ambrangkang ing sawingkinging kori ingkang botên dipun wêngakakên, lan sabên-sabên ngungak saking pojokan kanthi ngatos-atos, dene batêrinipun dipun cêpêngi. Quick wicantên: karsanipun bandara kapitan wau, supados têtiyangipun sagêda saya nyakêt, lan ingkang makatên punika sagêd ngèngingi tiyang kathah, panjênênganipun...

Kala punika babarpisan kula botên mirêng swaranipun Quick malih, amargi ujug-ujug lajêng karaos kados lindhu, lan langitipun sajak kados latu agêng, saperanganing tembok ingkang ngubêngi alun-alun kêtingal oyag, kula sumerêp sapalihing kori ingkang minêp, lumampah jumbul-jumbul murugi kula sadaya, lan sangajênging kori kêtingal wontên tiyangipun lumajêng, sasampunipun punika lajêng wontên jawah barang warni-warni, inggih punika sela-sela, bêgja dene botên nyakiti dhatêng kula sadaya, lan barang sanès-sanèsipun, ingkang botên nyênêngakên. Wontênipun ing pangraos inggih pancèn elok sangêt, dening dipun jotos ing kêpêlan ingkang sampun pêjah, inggih punika kêpêlaning tangan ingkang sampun pisah saking badanipun, langkung malih kêpêlan wau sami anggêgêm talêmpak. Unta-unta lajêng sami ngadêg badhe lumajêng, ananing sarèhning unta punika kewan ingkang kêsèd saha sabaran, lan kala punika unta-unta kula sadaya wau sayah sangêt, amila tumrap kula sadaya inggih lajêng gampil anggènipun nêntrêmakên.

Salêbêtipun kula sadaya sami thak-thik prasasat botên dipun jarag, amargi orêgipun wau kadamêl sumingêp kula sadaya sakêdhik. Kula sadaya sagêd angyêktosi warnining tiyang, ingkang kados tiyang mêndêm, gluyuran murugi kula sadaya, inggih punika mitra Orme. Rainipun kêtingal cêmeng, panganggenipun rowak-rawèk sapalih, ing rainipun kêtingal wontên rahipun daleweran, jalaran saking tatuning sirahipun, tanganipun têngên nyêpengi batêre èlèktris.

Orme wicantên, swaranipun anggêdabêl: dhinamite iku panjêblose kêras bangêt. Ayo saiki padha oncat, sadurunge mungsuh padha mari kagèt. Salajêngipun Orme lajêng numpaki untanipun.

Botên watawis dangu malih, kula sadaya lajêng sami bandhangan dhatêng curipêthak, dene ing kitha Harmac ingkang kula tilar, kamirêngan swaraning tiyang pating gluruh jalaran saking kêsakitan utawi ajrih. Kula sadaya lajêng dumugi ing gumuk, ingkang wontên prajuritipun kapalan, saha lajêng kula sanjata. Lan nyata kados pambadhe kula, bilih salêbêting jurang sawingking kula wontên pajagènipun tiyang Fung ingkang kiyat, prêlunipun samôngsa kula sadaya langkung ing ngriku badhe dipun cêpêng. Nanging jalaran saking wontênipun ingkang sampun kalampahan, [kala...]

--- 340 ---

[...mpahan,] têtiyang wau anganggêp, bilih kawontênan punika kasêktèn ingkang linangkung, mila têtiyang wau lajêng sami kesah kanthi numpak kapal dipun bandhangakên sakiyat-kiyatipun.

Ing sawatawis môngsa lampah kula sadaya botên wontên rêridhunipun, ananging lampahipun botên sagêd rikat, jalaran saking kawontênanipun Orme. Sarêng lampah kula sadaya sampun dumugi têngah-têngahing margi ingkang dumugi curipêthak, kula nolèh dhatêng wingking, saha sumêrêp wontên prajurit kêkapalan sagrombolan, kintên-kintên satus, ingkang lampahipun ngêtutakên kula sadaya.

Kula lajêng ambêngoki Quick: untane labragên, sabab yèn ora mangkono, prajurit kae bisa nututi aku kabèh.

Quick inggih angèstokakên, saha kula sadaya lajêng anglajêngakên lampah kanthi anjojrog, dene prajurit kapalan wau saya dangu saya cakêt, kula ngintên manawi kala punika dhawah ing wêkasan, langkung malih sarêng saking sawingkinging curipêthak ujug-ujug wontên grombolaning prajurit kapalan dhatêng.

Kula awicantên: wah, saiki nêpung wakul binaya mangap.

Quick amangsuli: sajakipun têka inggih makatên: bandara. Sanadyan têtiyang punika beda panganggenipun.

Kula lajêng namatakên kanthi titi, saha sumêrêp bilih Quick wau lêrês wicantênipun, mila inggih pancèn grombolan sanès, ing ngajêng piyambak wontên tiyang numpak kapal sarana ambêkta banderanipun tiyang bôngsa Abati. Bab punika kula badhe botên kêlintu, awit nalika kula kala rumiyin wontên ing ngriku, kula nyinau yêktos dhatêng kawontênaning bandera punika, inggih punika satunggiling bandera ijêm awewujud mojok tiga, ingkang warninipun nganèh-anèhi, saha kêbak aksara-aksara Yahudi, kasêrat mawi êmas. Ing têngah wontên pêpêthan gambaripun Kangjêng Nabi Suleman lênggah ing dhampar. Kajawi punika, sawingkingipun bandera lêrês, ing satêngah-têngahipun grombolan prajurit kapalan, wontên putrinipun nitih kapal, dêdêg pangadêgipun lênjang, pangagêmanipun sarwa pêthak, inggih punika ingkang karan putri-putraning para nata.

Lêt kalih mênit malih kula sadaya lajêng kêmpal kalihan grombolaning prajurit wau. Kula lajêng ngêndhêgagên unta tumpakan kula, saha lajêng sumêrêp, bilih têtiyang Fung wau sami mundur saking ngriku. Nitik kawontênan ingkang sampun kalampahan kala enjing wau, bokmanawi têtiyang Fung punika sampun botên purun pasulayan malih.

Sang Putri Walda Nagasta lajêng amurugi dhatêng kula sadaya.

Sanalika wau sang putri èngêt dhatêng kula saha ngandika makatên: taklim kula dhatêng panjênêngan sadaya. Mênggahing panjênêngan sadaya punika sintên ingkang dados pangajêngipun.

Kula lajêng nudingi dhatêng Orme ingkang nyêkêkrêk, mripatipun mêrêm tuwin numpak untanipun.

Sang putri lajêng mengo mriksani dhatêng Orme tuwin ngandika: dhuh priyantun, manawi sakintên panjênêngan kuwagang, sumôngga kula aturi ngandikakakên dhatêng kula, punapa ingkang mêntas kêlampahan. Kula punika nataning têtiyang Abati, ingkang karan putri-putraning para nata. Sumôngga mriksanana gambar pasêmon ingkang wontên ing sirah kula punika. Ing mangke panjênêngan tamtu badhe priksa, bilih atur kula punika salêrês-lêrêsipun. Salajêngipun sang putri lajêng nyilakakên kudhung, ing ngriku makuthanipun êmas, ingkang dados tandhaning kaluhuranipun lajêng katingal.

7

Salah satunggiling solah-bawanipun sang putri ingkang sangêt anênarik manah, punika wêdharing pangandikanipun ingkang arum sangêt.

Sarêng Orme mirêng ungêling swara wau, piyambakipun lajêng ngêlèkakên mripat saha lajêng namatakên sang putri.

Kula lajêng mirêng panggrênêngipun Orme makatên: impèn kang anèh bangêt, wong wadon iki bokmanawa bae bangsane wong Islam. Wah, ayu bangêt, lan barang êmas kang tumumpang ing rambute kang irêng, têka pantês bangêt.

Sang putri andangu dhatêng kula: punapa pangandikanipun kônca panjênêngan punika.

Ing sakawit kula têrangakên, bilih Orme jalaran saking panjêblosing dhinamit lajêng dados sakit. Salajêngipun kula lajêng nyantun ginêmipun Orme satêmbung-satêmbung. Ingkang punika sang putri rumaos lingsêm sangêt, saha sanalika punika kudhungipun dipun trapakên malih.

Salêbêtipun sang putri lingsêm wau, kula mirêng Quick wicantên kalihan Orme makatên: sanès bandara kapitan, punika dede bangsaning tiyang Islam, punika satunggiling rajaputri ngantos dumugi sapucuk-pucuking darijinipun, lan punika satunggiling wanodya ayu sangêt, salaminipun kula dèrèng mrangguli tiyang ingkang ayunipun kados makatên. Sumôngga bandara kapitan, kula aturi anjênggèlèk sakêdhik, sapunika panjênêngan rak sampun luwar saking latu naraka wau. Têtiyang Fung sampun pinêjahan, panjênêngan rak botên.

Sarêng mirêng têtêmbungan Fung wau, sanalika Tuwan Orme lajêng ebah.

Orme awicantên: iya, ngrêti aku saiki, hawaning obat iku ngracun mênyang awakku, ananging saiki wis kêpungkur. Adams coba nyuwuna priksa marang sang putri kae, pira prajurit kang andhèrèkake. Kira-kira limang atus, yèn mangkono sanalika iki bêcik banjur nêmpuh kutha Harmac. Gapurane jaba lan jero wis padha ambruk. Wong-wong Fung ngira yèn iku saka panggawening setan, lan mêsthine banjur padha lumayu. Sang putri bakal ngalahake wong-wong Fung iku, lan nganti pirang-pirang taun ora bakal anjênggèlèk manèh, ananging kudu ditindakake ing sanalika iki, ing sadurunge wong-wong Fung mau mari saka kagète, amarga sabênêre wong mau sing akèh mung padha kagèt bae, ora padha kataton. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]