Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-03, #1643

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1928, #1643
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-01, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #373.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-02, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #374.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-03, #1643 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #375.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-04, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #376.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-05, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #377.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-06, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #378.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-07, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #379.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-08, #1643 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #380.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-09, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #381.
10.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-10, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #382.
11.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-11, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #383.
12.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-12, #1643 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #384.

Ôngka 20, 18 Pasa Taun Jimakir 1858, 10 Marêt 1928, Taun III

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [381] ---

Ôngka 20, 18 Pasa Taun Jimakir 1858, 10 Marêt 1928, Taun III

Kajawèn

Kawêdalakên Sabên Dintên Rêbo lan Saptu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Ing Swèdhên

[Grafik]

Krêtêg Sêpur ing Swèdhên, sabrebetan wujudipun kados krêtêg sêpur ing tanah Pasundhan.

--- 382 ---

Raos Jawi

Sabar lan Rupaking Budi

Mênggahing tiyang, sabar tuwin rupaking budi punika tansah dipun angge, yèn ta wujuda undhak-undhakan, pun rupak ingkang dipun idak rumiyin, awit limrahipun tiyang, ingkang dipun ambah rumiyin punika, kawontênan ingkang kados makatên, kados ta: samukawis ingkang dipun sumêrêpi namung sarwa sakêdhik, dhatêng kawontênaning kawruh inggih botên sapintêna. Dangu-dangu wiwit ngambah dhatêng pêpadhang, sumêrêp dhatêng têba wiyar, sumêrêp dhatêng kawruh nyata.

Sayêktosipun mênggahing bêbudèn punika kados sampun manjing dados dhêdhasar, wontênipun piwulang ingkang dhumawah namung nama nusul, punika dèrèng tamtu manawi lajêng sagêd nyirnakakên dhêdhasaripun, awit kasantosaning dhasar punika kajêngipun namung badhe andadra, dados saupami tiyang ingkang dhêdhasaripun brangasan, punika sanadyan angsal piwulang, trakadhang inggih botên sagêd nyirnakakên dhêdhasaring brangasanipun, malah adhakan saya andados, awit kasantosanipun malah dados diwasa. Nanging adhakanipun, tiyang ingkang gadhah wêwatêkan makatên punika asring manggih piduwung ing wingking, dados têrangipun mênggahing budi rupak punika manggènipun botên pilih papan.

Manawi ing jaman purwa, manah brangasan punika dumunung wontên narendra ing Mandura, mila kêrêp amanggih lêlampahan kêduwung ing wingking, sabên tampi wêwaduling Kurawa lajêng prêmpêng duka sanalika, botên mawi dipun titi lajêng nindakakên panguwaosipun, nanging wusananipun kadospundi, inggih namung lajêng kêwêlèh, awit brangasanipun angsal tandhinging kasabaraning Pandhawa, lajêng mak cês kados latu kêsiram toya.

Manawi jaman neneman, brangasan punika pinanggih wontên ing Arya Panangsang ing Jipang. Yèn ta dipun manaha prakawis angsaling piwulang, sang arya sampun botên kêkirangan, dene gurunipun malah para wali. Nanging wantunipun sang arya punika dhêdhasar brangasan, bêbasanipun botên kenging kambêtan ing tantang, lajêng brabat supe ing purwa duksina. Lan malih mênggahing têtuwuhipun, punika sampun tamtu jalaran saking kataman ing sabab ingkang ngengingi raosing manah, dados saupami manahipun kisèn ing sabab, angrêmipun tansah mubal dados brangasan.

Makatên ugi mênggahing Sang Arya Pinangsang,Pênangsang. sakawit panggalihanipun pancèn sampun kêdhêdhêran, amelikakên dhatêng karaton Dêmak, awit ugi ngrumaosi dados waris karaton Dêmak. Dene anggènipun nindakakên kamelikanipun wau kanthi ngunggar kabrananing galih, mawi nyirnakakên warga ingkang dipun anggêp ngalang-alangi, inggih punika Sunan Kalinyamat.

Kamungkaraning manah punika manawi kasêmbadan pancèn anggêgirisi, bêbasanipun sagêd angrêgêm jagad. Nanging sarèhning kamungkaran punika

--- 383 ---

sajatinipun inggih rupaking budi, tamtu kemawon gampil kasoripun, samantên wau manawi pun mungkar sagêd tandhing kalihan sabar, sampun tamtu lajêng kêkês tanpa daya. Dene manawi murka sami murka, sampun tamtu kemawon unggul ingkang kamurkanipun agêng tuwin ingkang kasampiran panguwaos. Wujudipun inggih sang arya punika, nalika dèrèng dhawah ing kalamangsanipun, tiyang ingkang nêdya lumawan tamtu sami giris, mila saya andados ing kamurkanipun.

Sang arya saya kalajêng-lajêng anggènipun angunggar panggalih, tansah nêdya nyirnakakên tiyang ingkang ginalih dados kalilip, inggih punika nêdya badhe nyirnakakên sinuhun sultan ing Pajang. Nanging wantunipun sinuhun sultan kêbak bêbètèng karahayon, sêdyanipun sang arya inggih tansah cabar.

Ing sapunika ubaling kamurkan dipun kêmbari ing tindak rahayu, sang arya dipun lurugi ing Radèn Ngabèi Saloringpasar, ingkang ngêmban panguwasaning ratu, tur tumindakipun kangge kaprayitnan, makatêna malih sampun botên kêkilapan dhatêng brangasanipun sang arya, mila lajêng dipun tantang purun saking katêbihan. Sarêng sang arya kambêtan tantang, lajêng kasupèn ing kaprayitnan, trangginas anyengklak titihanipun lajêng anggêbyur ing lèpèn nêdya lumawan ing mêngsah, nanging lajêng pinapagakên ing tumbaking Sang Sutawijaya inggih Radèn Ngabèi Saloringpasar. Nalika sang arya nandhang tatu ing padharan, ngantos ngalawèr ususipun, botên dipun damêl raos, malah ususipun dipun sampirakên ing wangkingan, nanging wêkasanipun lajêng tiwas dening ususipun kêtaton kenging wangkinganipun piyambak, ingkang pikantukipun namung damêl piduwung.

Ing sapunika sampun têtela, bilih rupaking budi punika tuwuhipun saking supe, tuwin adhakan adamêl kapitunan, kadospundi murih tiyang punika cinakêtan ing sabar, awit sabar punika sajatosipun sawênèhing daya ingkang sagêd ngadhêmi kamurkaning dumadi.

Gadhah Damêl Cara Kina ing Bawah Ngayogyakarta

Ingkang dipun wastani gadhah damêl punika: mantu, têtês, supitan, lan sanès-sanèsipun, sabab ing ngriku badhe gadhah pandamêlan ingkang botên rampung dipun tandangi piyambak.

I. Bab Tarup, tarup punika wiwit jaman kina dumugi jaman samangke, mênggah pirukunanipun botên kathah ewah-ewahipun, tiyang ingkang badhe gadhah damêl kêdah lapur dhatêng lurah ingkang ambawahakên, nyuwun supados kônca ingkang dados pundhak panggulipun sami dhatêng griyanipun ambêkta pêngarip-arip, inggih punika: klapa, kalihan blarak, ingkang botên gadhah wit klapa, kenging nyukani dêling utawi arta, dene kathah sakêdhiking urunan manut pirukunanipun. Manawi sampun rampung tarup lajêng ngêdalakên gêndhuri rasulan, utawi tumbasan pêkên, jongkong inthil dhawêt, mênggah pikajêngipun wilujêngan punika: tumbasan pêkên, anggènipun gadhah damêl sagêda tamunipun kados tiyang

--- 384 ---

dhatêng pêkên, jongkong inthil, tiyang ingkang sampun tampi ulêm sagêda sêmrinthil kados kajongjongkongakênkajongkongakên. anggènipun dhatêng urun sumbangan. Dhawêt tamunipun sagêda kathah kados cendholing dhawêt.

[Grafik]

Pangantèn sasampuning panggih

II. Bab Atur-atur, utawi ulêm-ulêm. Ing jaman kina dipun wastani nyuruhi, ingkang gadhah griya lajêng matah tiyang ingkang sagêd atur-atur, utawi mangrêtos unggah-ungguh, tiyang ingkang dipun kèngkèn nyuruhi punika wau, dipun sukani sarana lintingan sêdhah ing nglêbêt dipun sukani dom sajodho, utawi dhêdhak, mênggah pikajêngipun gugon tuhon, suruh, kêsusu arêp wêruh, dom kalihan dhêdhak, sadaya ingkang sampun kadhatêngan ulêm-ulêm sagêd risi kados dipun cocogi ing dom, gatêl kados gupak dhêdhak, anggènipun badhe dhatêng urun sumbangan. Namung ing jaman sapunika cara ingkang kados makatên wau sasat sampun ical, malah sapunika cêkap mawi sêrat ulêm-ulêm kemawon.

III. Bab midadarèni. Ingkang dipun wastani midadarèni punika dintên malêm dumuginipun tamu, ing ngriku kêdah pasang saji-saji, malah sok wontên ingkang ngaturi kiyai dhukun, supados nyumpêt, pasang tumbal, nulak jawah. Nyumpêt punika mênggah pikajêngipun sadaya tamu sagêda sami kraos tuwuk botên anggrangsang dhatêng tatêdhan, tumbal, tumbal punika mênggah pikajêngipun ing salêbêtipun tarup sagêda wilujêng, nulak jawah, tiyang gadhah damêl môngsa rêndhêng punika kathah kuwatosipun manawi jawah, sabab manawi jawah kajawi papanipun jênês, ugi sisah yèn botên wontên tamunipun, mila sok minta sraya kiyai dhukun, kajawi punika ugikugi. wontên ingkang nyranani: nguncalakên kathokipun ingkang gadhah griya ing nginggil tarup, ngênjêti alu [a...]

--- 385 ---

[...lu] kaplanggarakên lambe sumur, ngêdêkakên sapu wontên têngah latar kacublêsi bawang, lombok, trasi.

Yèn midadarèni punika ingkang dhatêng sawêg sanak sadhèrèk piyambak, mila sêgahanipun lêgamara, ingkang dipun damêl kêtan kalinting ujungan ing nglêbêt kaisenan ulam utawi srundèng, mênggah pikajêngipun jangji wis mara bae lêga. Sabab namung sadhèrèk piyambak.

IV. Bab dumuginipun tamu, utawi tapuking damêl, dhatêngipun para têtêpangan ingkang sami dipun aturi, sami urun pasumbang sakadaripun, sêgahanipun lêgadha, ingkang kadamêl tunggilipun lêgamara wau, kaotipun namung isinipun pisang, pikajêngipun kangge pasêmon, wus lêga dikôndha, sabab tiyang gadhah damêl punika, awon sae têmtu dipun kôndha. Kurmatipun tamu bulusan, tiyang satunggal dipun adhêpi ancak satunggal, utawi layah agêng, isinipun kacang godhogan, mlinjo, bêton, têbu, lèmpèng, juwadah, lan sapanunggilanipun. Jaman dèrèng wontên piring ingkang kangge tata dhahar namung layah dipun ênjêti silitipun, wedang namung ujungan kahwa, cangkiripun cawik. Mênggah panganggenipun tiyang jagong udhêng tênunan Jawi, rasukan tênunan, bêbêd tênunan, manawi sampun bakda dhahar lajêng mêdal tike kalihan bêdudan saprabotipun, tiyang nyumbang kêdah kasukanan ulih-ulih sapantêsipun, anggènipun jagong angsal brêkatan. Môngga para maos kula aturi manggalih, dene bedanipun kathah sangêt tinimbang kalihan jaman samangke.

Lêlucon

Kajêngipun ngajrih-ajrihi nanging malah kêtiwasan

Kacariyos wontên satunggiling tiyang mantuk saking panggenanipun tiyang wilujêngan nyèwu, kanthi nyunggi tampah ingkang isi brêkat. Botên antawis dangu lampahipun dumugi ing wod alit. Tiyang wau lajêng nguwod alon-alon, kuwatos manawi kaplèsèd. Sarêng lampahipun mèh dumugi ing pungkasan, dumadakan kêpêthuk sagawon. Tiyang ingkang nguwod bingung sangêt, dening ajrih, gagasanipun, upami piyambakipun wangsul, sagawon wau têmtu ngêtutakên lajêng nyawèl, lan upami lajêng têmtu inggih nyakot, badhe ambalang botên wontên barang ingkang kenging kangge ambalang, badhe mlajêng wodipun ciyut sangêt, ajrih manawi kêplèsèd. Dumadakan piyambakipun kemutan dhatêng criyosipun tiyang kathah, bilih sagawon punika manawi dipun dhodhoki lajêng mlajêng, awit rumaosipun dipun pêndhêtakên balang. Tiyang wau lajêng andhodhok. Ing sakawit sagawon badhe mlajêng, nanging sarêng mambêt gandaning sêkul ulam, botên ajrih, malah thukul kêkêndêlanipun, lan malih kabêkta saking luwe, botên sarônta lajêng mlumpat dhatêng tampah. Tiyang wau saking kagètipun, nyat lajêng lumajêng sipat kuping kalihan nyunggi sagawon. Têtiyang ingkang sumêrêp sami anggêgujêng. Sagawon ngeca-eca pista wontên ing sunggèn. Sadumugining griya namung kantun tampah kalihan sagawon.

Pun W.

--- 386 ---

Bab Kasarasan

Tiyang sakit punika kêdah mênangan.

Tiyang sakit punika sayêktosipun kenging dipun wastani nuju nglampahi siksan, awit ing salêbêtipun sakit tansah angraosakên ingkang sarwa botên sakeca. Pandulunipun sanadyan kangge ningali sawangan ingkang nêngsêmakên, inggih kêtingal bêlawur, sarwa botên adamêl sênênging manah. Panggônda, sanadyan kangge anggônda gêgandan ingkang arum awangi, inggih araos botên adamêl sêgêring badan. Cangkêmipun, sanadyan kangge ngraosakên têtêdhan ingkang miraos, inggih botên damêl mogèling ilat. Pamirêng, sanadyan kangge mirêngakên ngrêrangêning gôngsa, inggih namung rinaos pating grombyang. Wosipun botên wontên ingkang damêl panuju, mila adhakanipun tiyang sakit punika namung sugih muring-muring.

[Grafik]

Tiyang ingkang tuwi wicantên: têntrêming atimu kang gawe kawarasan.

Yèn lare alit, manawi nuju sakit punika namung nêdha dipun eman-eman, ewadene sanadyan dipun eman-eman, mêksa taksih kêdah nêpsu kemawon, dene ingkang dados jalaranipun botên sanès inggih namung saking angraosakên badanipun botên kantên-kantênan.

Saya tumrapipun tiyang sêpuh, manawi nuju sukêr sakit, nêpsunipun saya cêpak sangêt, awit sadaya sabab-sabab ingkang tumanduk dhatêng badanipun, anggènipun ngraosakên sarwa pramana sadaya, kuwaganging manahipun namung cêpak anglairakên pamuring-muring. Nanging sarêng tumrap pamuring-muringipun tiyang sêpuh ingkang makatên wau adhakan dipun sulayani dening tiyang ingkang angladosi, dipun wastani

--- 387 ---

tiyang nganyih-anyih, tiyang angèl lados-ladosanipun. Sampun tamtu kemawon tumrap ingkang sakit malah saya muring-muring, awit rumaos manawi anggènipun napsu dipun ladosi, wêkasan malah dados andadra. Ingkang kados makatên punika têtela botên prayogi sangêt, awit tumrap ingkang sakit sagêd andadosakên indhaking sakitipun. Mila ing sasagêd-sagêd, tiyang sakit punika dipun êmonga, murih ingkang sakit rumaos mênang.

Sajatosipun tiyang sakit punika prayogi ingkang mênangan, awit mênang punika sayêktosipun inggih kanikmatan, lan kanikmatan makatên, tumrapipun dhatêng tiyang sakit inggih tumônja dados jampi.

Kados para maos botên kêkilapan dhatêng tindaking dhoktêr, sadaya sarwa ngarah-arah, ngirih-irih, ulatipun tansah sumèh, wicantênipun namung sarwa nyakecani manah, sanadyan sumêrêp manawi sakitipun rêkaos, inggih mêksa cariyos: botên dados punapa, wosipun supados tiyang ingkang sakit ayêm manahipun, awit ayêming manah punika inggih atêgês pamênang. Makatên malih tumrap juru pangupakara tiyang sakit, punika ugi gadhah tindak, ingkang sarwa damêl sênêngipun ingkang dipun ladosi. Mila tumrap sintêna kemawon, manawi angladosi utawi ngopèni tiyang sakit, ugi kêdah gadhah tindak makatên.

Gambaranipun kados sampun kêtingal, tiyang anèm manawi nuju sakit, punika manawi nuju dipun tuwèni ing tiyang ingkang prênah sêpuh, raosing manahipun lajêng kêpêksa nindakakên tatakrama, dados salêbêtipun sakit wau, manahipun nama kêrèh, ingkang makatên punika sanadyan botên cêtha, nanging tamtu wontên raosipun ingkang nuwuhakên botên sakeca, dening kêlungsur kamênanganipun. Beda kalihan manawi ingkang sakit tiyang sêpuh dipun tuwèni ing tiyang anèm, ingkang sakit rumaos taksih têtêp mênangipun, ingkang sami têtuwi, tumrapipun ingkang sakit rinaos dados kasênêngan, wêkasan andayani dhatêng ènthènging sakitipun.

Tumrapipun tiyang sakit, kados botên wontên ingkang anggadhahi pamênang kados lare sakit ingkang dipun opèni dhatêng biyungipun piyambak, awit niyatipun pun biyung namung ngêsrahakên pamênang thok.

Dados mênggah wosing andharan punika, namung mratelakakên, bilih tiyang sakit punika wajib gadhah pamênang, dene sarananipun botên sanès, tumraping tiyang sanès kêdah nyênyênêng tuwin nyakecani dhatêng manahipun ingkang sakit.

--- 388 ---

Panglipur Manah

Tumitah ing Donya

[Mêgatruh]

Yèn rinaras rasane wong urip iku / tan pêgat anggung anggusthi / mring lakon ingkang tinêmu / tan kêndhat ambanyu mili / datan pisan têtêp manggon //

tan prabeda sato kewan ananipun / dènira tinitah urip / mung nêtêpi kodratipun / kang tan kêni dèn singgahi / dening winêngku lêlakon //

datan pae kaananing tanêm tuwuh / dènira tuwuh nèng bumi / mung nêtêpi wajibipun / ngrêrêngga ring bawana di / mrih antuk asri tinonton //

sadayèku yèn pinikir wose amung / mrih ngrêbda ngèbêki bumi / mung bae kawasanipun / kang daya sawiji-wiji / môngka pamênggaking lakon //

pamanipun ngrêbdaning sato wana gung / yèn ta tan pinrih ing pati / dening kang sato lyanipun / kang kawasa mêmunjuli / yêkti kang wana tan amot //

dene lamun sabangsaning tanêm tuwuh / yèn ta dèn umbara pasthi / kang bawana yêkti kêmput / têmah tan ana nyêlani / sadaya dadya bêbondhot //

nanging janma kang agung wisesanipun / bangkit babad kang rêrungsit / malah ing pigunanipun / rangkêp dènnya makolèhi / sapisan wèh padhang kaot //

kang rêrungkut binabadan kongsi nglangut / têmah kang sato kêpêncil / sinirnakkên pisan tamtu / satêmah tinêmu bêcik / katon kuwasaning uwong //

nanging tuhu kaananing janma iku / sanadyan sarwa mumpuni / mung parêk lan apêsipun / kinroyok sagunging wèsthi / anggung ngrêbda tanpa pêdhot //

kang wus katon kadi ta ing tatanipun / janma parêkan sakawit / beda lan kaananipun / sato-sato ing wanadri / mring sêsakit lir tan wanoh //

kang kadyèku mênggahing sajatinipun / kaanan kang anèng bumi / mung mrih muyêk pamoripun / lan daya-dinayan sami / uga anggung asêsatron //

kang winuwus [winu...]

--- 389 ---

[...wus] kadi ing caritanipun / kang pêksi unta winarni / ing salami-laminipun / umanggon samodra pasir / jênêk lan bangsane amor //

datan pisan angira yèn mangguh mungsuh / yèku jatinira janmi / kang anggung mamèt pakantuk / amrih kalêganing ati / kamurkane elok-elok //

awit janma nulya darbe cipta tuwuh / kalamun wuluning pêksi / yogya pinèt gunanipun / môngka rêpangganingrêrêngganing. topi / mung amrih kawuryan kaot //

dupi nyata kaanan ingkang kadyèku / sinayogyan ing sasami / têmah dadya lumrah kasub / rêrênggan kang wulu pêksi / têmah anggung ingupados //

mangkya têtêp têntrême ing gêsangipun / kang pêksi têmah kêtitih / anggung mangguh arubiru / nadyan wus andhêlik ugi / mêksa ingupaya uwong //

dangu-dangu tindak kang mangkono iku / malah lumrah dèn arani / yèn pinêsthi pêksi iku / dadya lantaraning janmi / kang amrih kadonyan kaot //

nadyan pêksi kang tan darbe budi putus / nanging wusing ngulinani / nulya ing satêmah tuwuh / mring janma nêdya nyingkiri / mung bae tansah kaprêgok //

awit janma dahat ing pangudinipun / ing satêmah punang pêksi / lir koncatan budinipun / loking janma amastani / primpêna yêkti pinanggoh //

kang kadyèku pan yêkti kaananipun / pêksi kongsi mamlas asih / lir tan kobêr nrahkên turun / pijêr dènnya bosah-basih / ingubrês bae dening wong //

nanging wantu tumêrahing turun iku / atas karsaning Hyang Widhi / punang pêksi mêksa antuk / asèlèh êndhog tarêtip / mung nyambi kalawan playon //

mung kumandêl sinrahkên maring Hyang Agung / mrih sambada anuruni / kang dadya lantaranipun / sinêrang sunaring rawi / wèh daya umêcah êndhog //

pan kinocap sawênèhing pêksi nuju / sèlèh êndhog wus arêmpit / dumadakan pan tinêmu / ing janma ngupaya pêksi / bungah linêbokkên kanthong //

apan dangu rinimat nèng wismanipun / ing wusing antara sasi / rinungu swara jumêblug / kang angrungu nonah alit / anuwèni alon-alon //

dahat suka duk uning kaananipun / mring warna kang nêmbe kèksi / yèku punang tigan sampun / pêcah lan kang katon mijil / piyaking pêksi kang elok //

sêmunira kang pêksi lir pungun-pungun / uning mring padhanging rawi / nanging tan wruh jatinipun / kaanane kang pinanggih / dènira nèng tangan uwong //

pan mangkana sira nonah alit iku / uga tan darbe pangrêti / paran ing pigunanipun / piyaking nêmbe umijil / dadine punang lêlakon //

amung bae yèn ta cinundhukna gathuk / lawan kang ingaran pasthi /awit nadyan pêksi iku / kang wus nèng êndhog andhêlik / mêksa kêcêkêl ing wong //Kurang satu suku kata: mêksa kêcêkêl ing uwong.

kang kadyèku têtela elok kêlangkung / lamun ginagas ing ati / dene ing salaminipun / tan pisan rinasa yêkti / kalamun bakal kêprêgok //

nanging tuhu tumrap kawasèng Hyang Agung / tan kêni pinikir gampil / tumrap janma ing wruhipun / amung lamun wus kapanggih / lagya wruh caraning elok //

marmanipun wajibing janma puniku / mung dèn kumandêl ing Widhi / awit ing sajatinipun / janma mung kari nglakoni / tan wruh sungiling lêlakon //

--- 390 ---

Jagading Wanita

Kawruh Sawatawis Bab Ambathik

Dumuginipun ing môngsa punika, ingkang nama taksih têtêp migunakakên sinjang, namung tiyang èstri, tuwin saprika-sapriki, ingkang nama sinjang sae, punika botên ewah, inggih punika sinjang bathik (sêratan tangan). Ingkang nama sinjang bathik punika manawi dipun tandhing saenipun tinimbang sinjang cap, kathah sangêt bedanipun, makatên ugi awèting panganggenipun, mila rêganipun inggih tikêlan.

Bakuning sinjang bathik ingkang nama sae, punika kêdah mrêtamèni, kados ta mori kêdah sae. Sêratanipun ingkang alus, nêtês, têgêsipun nêtês, canthing-canthing ingkang cêtha awijang, dumugi têrusanipun pisan, malam sae tuwin cêlêpanipun sêpuh. Soganipun mandhês.

Ingkang nama mori sae, punika sadaya kados sampun botên kêkilapan, awit ing pundi sabên wontên tiyang nyêrat (ambathik) inggih wontên mori sae. Nanging dadosing mori ingkang lajêng kenging dipun sêrat, punika taksih dipun upakara malih, inggih punika dipun loyori utawi dipun kêmplongi.

Alusing sêratan, punika kajawi saking alusing canthing, ugi saking caking tangan, malah caking tangan punika [pu...]

--- 391 ---

[...nika] ingkang nama baku piyambak. Sayêktosipun tiyang sagêd nyêrat sae punika saking pakulinan, awit botên kirang tiyang ingkang baut nyêrat, ingkang sêratanipun awon. Ingkang makatên punika jalaranipun saking sampun kêtlêtuh rêmên nyêrat rikatan, mila tiyang sinau nyêrat punika kêdah alon, mangke manawi sampun matuh sanadyan nyêrat rikat, inggih sae.

Caranipun tiyang nyêrat punika wontên warni tiga, polan, rujagan, tuwin garisan. Ingkang dipun wastani polan, punika wanguning sêratan mêndhêt saking mola sêratan sanès, sarana dipun tèmplèkakên ing mori ingkang dipun sêrat, tuwin sanadyan pamolanipun sampun dipun tèmplèkakên, tumrap ingkang sagêd taksih dipun ewahi sakêdhik, murih dados luwês. Rujagan punika panyêratipun botên mawi pola, namung apalan kemawon, utawi nganggit, mila limrahipun namung tumrap tiyang ingkang sampun sagêd sayêktos. Polan tuwin rujagan punika ingkang kathah bangsaning sêmèn-sêmenan, garisan punika panyêratipun manut ing garisan ingkang sampun dipun damêl wontên ing mori, sêratanipun bangsaning cêplok tuwin garis miring.

Urut-urutaning tiyang nyêrat punika: ngèngrèng, ngisèni, nêrusi tuwin nembok. Ngèngrèng punika damêl cêngkorongan, ngisèn-isèni punika ngisèni cêngkorongan wau, kados ta: cêcêk, sawut, nêrusi punika nyêrat sawalikipun, dene nembok punika nutup sêratan murih ing salajêngipun dados pêthak, bab nyêrat sadaya wau botên kenging kasupèn, lilinipun kêdah sae.

Sêpuhing cêlêpan punika gumantung wontên saening nila, dene sêratan sasampunipun dipun cêlêp, lajêng dipun kumbah (kêrok) utawi dipun bironi. Ngumbah punika prêlu ngicali malam ingkang tilasipun badhe kêtumpangan soga, tuwin ambironi punika nyêrat prêlu nutup labêting nila. Dados têrangipun, tembokan punika badhe andadosakên pêthak, kêrokan adamêl panggenan soga, tuwin ambironi punika nutupi warni biru, murih botên kêtumpangan soga.

Dene bab saening sogan, punika gumantung wontên saening abên-abênan.

Dados mênggahing lampah-lampahipun, sasampunipun dipun soga punika sampun rampung, manawi sampun dipun lorod (dipun icali malamipun), nama sampun dados sinjang.

Watak Gêmi

Mênggah watak gêmi punika badhe agêng sangêt paedahipun tumrap sadaya tiyang ingkang sagêd anglampahi. Dene watak gêmi punika warni-warni, kados ta:

1. Anggêmèni dhatêng kaskaya, têgêsipun sampun ambucal arta utawi ngêdalakên arta ingkang tanpa prêlu, kados ta têtumbasan barang ingkang sakêdhik gunanipun utawi ingkang botên wontên gunanipun, [gunani...]

--- 392 ---

[...pun,] lan sanès-sanèsipun ingkang nama kirang maedahi, dados prakawis punika botên prêlu, amargi badhe murugakên kaborosan.

2. Anggêmèni dhatêng barang darbèkipun piyambak. Tiyang ingkang anggêmèni dhatêng barang darbèkipun piyambak makatên, kêdah sadaya barang darbèkipun karimat kanthi sae-sae, prêlunipun supados botên nama ngêbrèh.

3. Anggêmèni dhatêng wanci. Radin-radin bôngsa kula punika anggadhahi wanci ingkang nganggur sakêdhikipun 2 utawi 3 jam ing sabên dintênipun. Dene wanci samantên punika manawi kaangge ingkang 1 jam kemawon kangge sinau utawi kangge maos, kados inggih sampun nama botên ambucal wanci. Tur ing ngriku badhe manggih kauntungan ingkang agêng. Dene wanci sanèsipun kangge ngasokakên pikiran, amargi tumrap tiyang cêpêng damêl, mêntas kangge mikir 7 jam dangunipun.

4. Anggêmèni dhatêng têtêdhan, limrahipun tiyang anggêmèni dhatêng têtêdhan punika, tiyang ingkang sumêrêp dhatêng pêpetanganing bêtah sabên dintên, ingkang badhe dipun têdha, punika malah wajib sangêt dipun sumêrêpi, awit têdha makatên ingkang ajêg tumindak tanpa towong.

Lan malih ingkang kawastanan anggêmèni dhatêng têtêdhan punika, saupami wontên tirahan sêkul sakêdhik, tinimbang sêkul punika kabucal rak inggih aluwung kaêpe, dene ing têmbe badhe wontên paedahipun.

Kula pun Padmamiharja.

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Kasênênganipun tiyang maos.

Garèng : Ora Truk, aku saiki arêp takon nyang kowe. Kowe kuwi apa dhêmên maca apa ora, yèn dhêmên, wêwacan apa sing kodhêmêni, apa bangsaning roman, apa carita babad, apa bangsaning buku kawruh, apa layang wulang bêcik.

Petruk : Wah, nèk nyang maca aku kiyi pancèn dhêmên bangêt, saking dhêmênku, nèk kabênêr maca kuwi, aku sok nganti lali nyambut gawe lan lali nyaur utang, ananging wêwacan sing dak sênêngi kuwi, dudu bangsaning roman, amarga mundhak aku kêpengin mèlu dadi roman, dudu carita babad awit atine sok dadi gêla, dudu bangsaning buku kawruh jalaran aku sok banjur ngantuk, dudu wulang bêcik, sabab iki bisa anjalari aku banjur ngala-ala nyang wong tuwaku dhewe.

Garèng : Lo, rada judhêg anggonku ngrasakake calathumu kiyi, mara critakna siji-sijine, [siji-si...]

--- 393 ---

[...jine,] mungguh karêpe calathumu kang mangkono kuwi.

Petruk : Hla kuwi mangkene: lumrahe roman kuwi anyaritakake lêlakone wong lanang lan wong wadon nom-noman, kang wiwitane uripe sangsara bangêt, ananging tibaning ngênggon padha dadi jodhone. Hara, kang mangkono kuwi apa ora mengin-menginake bae, suwe-suwene aku sabên sore banjur sênêng klintang-klintong nang papan sing rame-rame, kaya ta ing gambar idhup, sêtambul utawa ing wayang wong, bokmanawane aku dhewe bisa ngalami roman kaya sing tak waca kae.

[Grafik]

Garèng : Yah, kuwi saka jêrone anggonmu mikir bae. Hla, saiki apa sababe dene nèk maca carita babad atine banjur dadi gêla.

Petruk : Le ora gêla bae kêpriye. Nèk nitik kaanane jaman kunane wong Jawa kuwi bôngsa sing patohan têmênan, bôngsa sing gêdhe panguwasane, unggul kawruhe, lan jêmbar jajahane, nganti ing ngêndi-êndi nagara ana wonge Jawa sing padha among dagang. Iya bênêr, saiki kiyi ing nagara ngêndi-êndi iya ana wonge Jawa, ananging sing akèh kok padha wong kontrakan.

Garèng : Wiyah, kowe mono, ana bae sing kogunêm. Saikine maca buku kawruh têka dadi ngantuk.

Petruk : Kuwi êmbuh, apa sababe ora mlêbu nyang pikiran, apa sabab saka angèle.

Garèng : Sabanêre kang mangkono kuwi wis jênêng lumrah, ora beda karo maca buku isi wulang bêcik, kuwi sing akèh iya banjur sok padha ngantuk. Pancèn mula wis dadi padataning manusa, anglakoni mênyang kautaman kuwi luwih angèl tinimbang mênyang kadurakan. Kanggo gampangane bae, wong kuwi nèk dikon main lan dikon tayuban, kuwi sanadyan sawêngi muput pisan iya ora ana bosêne, ananging manawa dikon ngrungokake wong maca kitab sing angrêmbug mênyang kautamaning wong urip, sajêrone sapuluh mênit bae iya wis banjur ngulat-ngulèt. Mulane wong maca kuwi iya nganggo kudu disinau, aja maca buku sacêg-cêge bae, awit sabênêre uga maca buku bisa anumanake. Nèk kowe ngulinakake maca buku sing ora karu-karuwan caritane, kuwi marang buku kawruh utawa buku-buku sing isi kautaman, iya banjur ora dhêmên. Kosok-baline, nèk wong angulinakake maca sing apik-apik, nyang dêdongengan sing kira ora ngurakabi ing awake, iya ora doyan.

Petruk : Rèng, Rèng, nèk dipikir kanthi têmênan, dadi juru ngarang kuwi kok ora penak, sabab tansah kudu angèlingi mênyang kasênêngane siji-sijining wong sing maca. Môngka siji-sijining wong kuwi karêmane dhewe-dhewe, kaya ta: Si Suta sênêngane maca bab dongèng-dongèng, Si

--- 394 ---

Naya sing lucu-lucu, Si Waru sabab omahe adoh kutha, sing disênêngi maca bab kasarasaning badan, prêlune nèk-nèke bisa nyonto dadi sathithik-sathithik bisa ngurangi wragade nyang dhoktêr. Si Dhadhap sing disênêngi maca bab rasa Jawa, amarga wis kasuwèn anggone kêkumpulan karo bôngsa ngamônca, dadi Jawane wis lali samah sêkali, lan sapiturute.

Garèng : Mula iya mangkono dadi juru ngarang kuwi pancèn angèl, sabab tansah kudu ngèlingi marang kabutuhane sing maca. Jalaran saka mangkono mau, mulane aku iya ora maido, dene kalawarti Kajawèn, ingatase umure lagi rong taun bae, langganane wis ewon cacahe, kuwi sababe ora liya, amarga juru ngarange tansah ambudidaya murih pêpaking isine, prêlune siji-sijining wong bisa nêmu karangan sing pancèn dikarêmi.

Petruk : Sanadyan aku ora langganan nyang Kajawèn, ananging tumêkaning saiki aku isih ajêg maca, dhèk biyèn aku mula iya langganan, barêng têlung sasi aku kalalèn ora ambayar, têka banjur disêtop dhêngên sigrah bae.

Garèng : Anggone dilèrèni kuwi iya wis bênêre, awit rêganing Kajawèn kuwi rak murah bangêt, mung 1 1/2 rupiyah sakwartale, mêtune kaping pindho saminggune. Ing môngka sok ana uwong sing duwe padatan kayadene nèk ana ing tayuban, anggêre durung dhonge olèh sampur, anggone anjogèd tanpa ana lèrène, sapa bae sing olèh sampur dilarihi, nganti sing padha andêlêng padha sêbêl kabèh. Ananging barêng wis mangsane katiban sampur banjur ambolos, kuwatir yèn banjur kudu bayar tomboke. Kang mangkono kuwi apa ora kêna dipadhakake karo wong maca koran, barêng wis mangsane ambayar langganane, korane banjur dibalèkake kanthi ditandhani: Geweigerd.

Petruk : Sabab saka panyana kang mangkono kuwi, aku banjur isin anjaluk dadi langganan manèh. Ananging ing sarèhning aku isih dhêmên maca Kajawèn, aku banjur ambegali duwèke kônca bae.

Garèng : Lha, tindakmu sing ngono kuwi jênêng luput bangêt, yèn ta kowe ngrumasanana, mêsthi rikuh mênyang awakmu dhewe, lagi tata laire bae, anggonmu duwe patrap mangkono kuwi wis aran buyuting saru, dene kasarane bedane apa karo anjupuk barange uwong tanpa nêmbung. Saya manèh yèn koencokake karo rasaning kaalusan, apa kowe ora rikuh karo awakmu dhewe, awit sanadyan patrapmu kuwi kolakonana dhêdhêmitan, nganti ora ana sing wêruh, nanging batinmu apa ora jêlèh-jêlèh ngakoni duwe tindak nistha mangkono. Lan yèn koelingana mungguhing karêpe, kuwi saya mêmêlas, awit kowe rak ngrêti ta, yèn anggonmu duwe tindak luput mau satêmêne saka anggonmu arêp ngambah bênêr, yakuwi maca supaya olèh kabêcikan, geneya têka nganggo kosaranani tindak cidra. Wis, Truk, marènana, ngisin-isini. Luwung kirima dhuwit bae manèh karotêngah, mêngko rak mêsthi banjur dikirimi Kajawèn manèh, tur atimu rak krasa sênêng.

--- 395 ---

Cariyos Wigatos

Kawontênanipun Sophyèt Ruslan ingkang Sajati

Candhakipun Kajawèn ôngka 19.

XV. Pêthikan Saking Sêrat Kabar A.I.D.

Tatananing pamarentah.

Wiwit ing wêkdal punika ingkang lajêng dipun wigatosakên sangêt: kawontênanipun ing dhusun. Kanthi kagèt pamarentah Sopyèt sumêrêp grêgêtipun têtiyang dhusun sajak amêngsah dhatêng pamarentah, ingkang saya dangu saya cêtha, punapadene kêmpaling sadaya tiyang dhusun ingkang sumêdya ambalela dhatêng caranipun amrentah ingkang kadhawuhakên saking kitha, punika anjalari ancasipun lajêng enggal-enggal dipun enggokakên. Anggènipun mêmoyok saha ngujar-ujari dhatêng kulak (tiyang tani sugih) andadak dipun kèndêli. Pranatan ingkang amatêsi wêwênang tumrap anyewa tiyang nyambut damêl, tumbas lan anyewakakên siti, sapiturutipun, punika sadaya dipun icali, têtiyang tani ingkang sugih-sugih lajêng ugi dipun sukani wêwênang nyambut siti kadosdene sanès-sanèsipun, saha ugi lajêng dipun idini, tumut-tumut dhatêng pamilihipun warga Sopyèt.

Ananging jalaran wontênipun pranatan ingkang makatên wau, sadaya pangkat Sopyèt dhusun inggih lajêng dipun icali sêsarêngan.

Inggih lêrês, bilih anggèning suka prentah nginggil lajêng suda, ananging sabab-sababipun punika amargi botên wontên punapa-punapa ingkang kenging kaparentah malih. Para tani sami dipun mardikakakên anggènipun nindakakên padamêlanipun, tuwin prakawis-prakawis tumrap umum ing dhusun-dhusun botên wontên. Anggènipun Sopyèt dhusun (rad wêwakiling kaum bêrah lan para tadi)tani. anêmtokakên agênging wêdalipun panenan, ugi dipun sumêrêpi, jalaran saking punika ing kantor-kantor paos ing dhistrik lajêng sagêd angetang, pintên kathahing paos ingkang kêdah kabayarakên.

Kados inggih namung ing bab ing nginggil wau, tuwin ing bab panjagining lare jalêr ingkang kêdah nindakakên kuwajibaning prajurit ing sataun-taunipun, ingkang dados kuwajibanipun Sopyèt tumrap umum, dene sanèsipun: inggih punika angrêmbag sêrat-sêrat sêbaran, ingkang isinipun nênangi dhatêng têtiyang supados ngawontênakên pranatan-pranatan sawatawis, lan supados têtiyang puruna suka darma dhatêng wontênipun mêsin-mêsin mabur lan sapiturutipun, cêkakipun sadaya wau bêbadan-bêbadan ingkang kêdah suka katrangan dhatêng ngandhap, mênggahing sêdya saha pikajênganipun pamarentah, inggih punika pamarentah ing parte komunis.

Ing konggrès parte ingkang mêntas kalampahan, wontên panyaruwe dhatêng kawontênan ingkang makatên punika, saha dipun angluhakên, bilih langkung saking sangang pradasanipun dhusun-dhusun sami botên anggadhahi rantaman, têgêsipun, botên anggadhahi wragad kangge anggarap punapa-punapa tumrap kaprêluanipun umum. Sanadyan Sopyèt ing Ruslan pisan, manawi botên gadhah arta, inggih botên wontên ajinipun babarpisan.

Ing pundi-pundi manawi Sopyèt anggadhahi panguwaos, sanadyan panguwaosipun wau namung sakêdhik, ing ngriku inggih kajagi, murih lid-lid parte anggadhahi swara ingkang langkung kathah. Ingkang makatên wau ugi ing dhusun-dhusun ing sacêlakipun kitha-kitha, ingkang anggadhahi anggêr wragad piyambak, pangarsa saha panitra ingkang dipun bayar. Katindakakên makatên wau, manawi parte sampun yakin, bilih kawontênanipun ing ngriku sampun kacêpêng ing tanganipun.

Anggènipun panguwasaning parte nama sampun têtêp, punika pambudidayanipun kanthi sarana warni-warni. Kalanipun wontên pilihan, ingkang kapisan, anggènipun ngawontênakên kandhidhat, punika cacahipun dipun samèkakên kalihan cacahing panggenan ingkang kêdah dipun isi, dados kandhidhat-kandhidhat wau kanthi swara ingkang kathah inggih lajêng dipun pilih sadaya.

Salajêngipun lising kandhidhat-kandhidhat wau lajêng dipun umumakên wontên ing parêpatan pilihan ngriku, dados botên sadèrèng-dèrèngipun. Kaping tiganipun, caraning amilih wau sarana ngacungakên tanganipun manginggil wontên ing parêpatan umum, samantên punika, manawi kalêrês wodtênwontên. pilihan, lan usuling pangarsa supados sadaya kandhidhat tanpa dipun undhi malih, sampun botên dipun tampi mawi surak rame. Lising kandhidhat-kandhidhat wau dipun damêl dening pangrèhing parte ing apdhèling ingkang ambawahakên, tumrap ing dhusun-dhusun, dening pangrèhing dhistrik, dados botên dening pranataning dhusun, sanadyan ta ing ngriku ingkang makatên wau wontên. Sasagêd-sagêd, ingkang dipun kandhidhatakên ingkang kathah piyambak, têtiyang komunis lan têtiyang ingkang sanès liding parte, saha ingkang lajêng dados warganing satunggilipun bêbadan pamarentah, punika dipun titipriksa kanthi angatos-atos sangêt, inggih punika têtiyang ingkang sanadyan dede liding parte, ananging ngrujuki dhatêng kawontênanipun parte saha

--- 396 ---

panuntunipun, caranipun kadosdene tiyang-tiyang, ingkang ambêkta salamipun kônca-kônca kathah ingkang dede lid parte, saha ingkang tansah ajak-ajak, murih ngawontênakên pranatan-pranatan ingkang kêncêng tumrap para ingkang anggèsèhi pamanggihipun komunis, cêkakipun têtiyang ingkang têtela rêmên dhatêng pranataning komunis kadosdene lid parte piyambak.

Jalaran wontênipun pranatan ingkang makatên punika, inggih lajêng namung ing dhusun-dhusun kemawon, ingkang sagêd ngawontênakên kandhidhat-kandhidhat sanèsipun wontên ing parêpatan pilihan, amargi ing ngriku sabên tiyang têpang kalihan para kandhidhatipun, janji nama-namanipun kemawon dipun sêbutakên. Ananging manawi wêwakilipun bêbadan-bêbadan dhistrik, ingkang tansah dipun kanthèni dening para punggawa gepeoe, inggih punika punggawa pulisi kapêtêngan, tumut anjênêngi wontên ing ngriku, satunggal-satunggaling tiyang kêdah ingkang angatos-atos sangêt, amargi cara ingkang makatên wau anêdahakên, kadosdene mêngsahipun panguwasaning Sopyèt (manawi tiyang wani nyêbut kandhidhat sanès, kajawi kandhidhat-kandhidhat ingkang sampun dipun ajêngakên dening parte, lajêng kemawon dipun rêngkuh kadosdene mêngsahipun panguwasaning Sopyèt).

Ananging ing kitha ingkang agêng-agêng, ingkang makatên wau botên sagêd tumindak babarpisan. Ing ngriku caranipun lajêng anglêmpakakên tiyang maèwu-èwu (wancinipun anglêmpakakên tiyang punika wancinipun tiyang-tiyang sami nyambut damêl, prêlunipun supados kathah sangêt tiyang ingkang sami dhatêng) tuwin kados inggih botên prêlu babarpisan anyêbut nama-namaning tiyang, amargi tumrap para ingkang sami anjênêngi ngriku ingkang kathah sami botên sumêrêp dhatêng nama-nama wau. Dene manawi wontên tiyang utawi gêgrombolaning tiyang, sadèrèng-dèrèngipun kumawani tumandang adamêl pilihan kangge kaprêluaning kandhidhatipun piyambak, kalayan tumuntên lajêng tampi sêrêgan saking pulisi sandi ingkang botên nyakecakakên. Ngawontênakên kandhidhat tumrap: Sopyèt, pangrèhing pakêmpalan-pakêpalanpakêmpalan-pakêmpalan. tunggil damêl, kopêrasi, cêkakipun tumrap bêbadan punapa kemawon, punika padamêlanipun pangrèhing parte piyambak, dene tiyang ingkang badhe anyampuri ing bab punika têmtu badhe amanggih cilaka.

Ing wulan Marêt taun 1927 Tuwan Baars anjênêngi parêpatan pilihan tumrap para warganing Sopyèt ing kitha Moskou wontên ing salah satunggaling kitha dhistrik, sanadyan ta Tuwan Baars botên magêpokan babarpisan kalihan pilihan wau. Ananging tiyang ingkang tumut lumampah kalihan grombolaning tiyang kathah, ingkang lampahipun saking kantor saha pabrik pintên-pintên, sumêdya dhatêng papaning parêpatan pilihan, punika sok botên dipun titipriksa kanthi sayêktosan. Parêpatan ingkang dipun jênêngi dening tiyang sakêdhik-sakêdhikipun 3000 ing salêbêting salah satunggiling kamar agêng ing Sofeika, kabikak dening pangrèhing pakêmpalan tunggil damêl ing jajahan ngriku. Salah satunggiling tiyang adamêl sêsorah. Ing sêsorahipun wau, ingkang dangunipun 15 mênit, anyariyosakên wawasan mênggah kawontênanipun pulitik donya, sasampunipun lajêng maos nama-namaning kandhidhat ingkang kasbut ing lis ngriku.

Antawisipun para ingkang sami anjênêngi parêpatan, wontên ingkang pitakèn, sintên tiyang ingkang sami dipun kandhidhatakên punika, salajêngipun ugi lajêng dipun têrangakên, kandhidhatipun sadaya wontên nêm, ingkang gangsal, sami pangrèhing pakêmpalan tunggil damêl saha pangrèhing parte, dene ingkang satunggal buk odhêr pabrik ingkang dede lid parte komunis. Kandhidhat kêkalih kangge Sopyèt tumrap saindênging dhistrik Moskou kalih-kalihipun sami punggawa pakêmpalan tunggil damêl. Mawi dipun saranani surak, sadaya wau sami dipun têtêpakên, malah tanpa wontên ingkang ngacungakên tanganipun. Pilihan wau dangu-dangunipun namung wontên tigang prapat jam.

Sopyèt ingkang kapilih cara makatên wau, lajêng milih pangarsa saha panitranipun. Nitik kawontênan ing nginggil wau, kados botên prêlu kacariyosakên malih, bilih pangarsa tuwin sèkrêtaris wau botên kanthi kasêsêlan sanèsipun, têmtu tiyang komunis, makatên ugi têtiyang wau sampun têmtu ugi kenging kapilih malih, samantên punika manawi parte botên ngajêngakên tiyang sanès kangge gêgêntosipun. Tumrap Sopyèt guprêmèn republik, tuwin Sopyèt ing saindênging Ruslan, malah botên dipun wontênakên pilihan, sanadyan ta namung pilihan komidhèn kemawon, ingkang rakyatipun sajak angagdhahi wênang milih. Bêbadan-bêbadan wau dipun pilih antawisipun Sopyèt tuwin dening Sopyèt ingkang andhap-andhap, dados pamilihipun wau sarana tundha-tinundha. Saya inggil undha-usuking Sopyèt wau, saya langkung kathah komunisipun ingkang angsal panggenan tumrap bêbadan ingkang amakili kawula. Lan wakil wau saya dipun saring sayêktos, ing samangke dening komite-komite sentraling parte ing republik-republik tuwin ing Moskou.

Makatên malih, bilih Sopyèt punika, sanès wakiling rakyat kadosdene kawontênanipun ing tanah Indhia, ngêmungakên pangarsaning Sopyèt ingkang agadhahi wêwênang marentah, adamêl undhang-undhang tuwin mutusi punapa kemawon, lan parêpatan Sopyèt, manawi kalêrês ngawontênakên parêpatan, inggih lajêng anampi sadaya namung sapisan kemawon. Saha malih ing ngriki sagêd anggambar sawatawis agênging panguwasanipun amtênar-amtênar, ingkang cariyosipun amakili kaum prolêtar sadaya, tuwin sabab-sababipun, dene cara ingkang makatên punika kanthi sayêktos-yêktosipun lajêng dipun wastani: panguwasa tanpa wêwangênan dhatêng tiyang kathah. (Badhe kasambêtan)

--- 397 ---

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Punggawa Dhowanê ing Tanjungpriuk mêntas nyêpêng bôngsa Tionghwa ingkang badhe bidhal dhatêng Lampung, awit nalika kopêripun kagledhah, pinanggih wontên batunipun api wawrat 1 kilo. Sarêng dipun priksa ngakên, bilih asli tumbas saking sawênèhing bôngsa Tionghwa ugi, rêgi f 50, sarêng pulisi anggledhah dhatêng toko Tjoeng Hoa sagêd manggih batu api malih wawrat 35 kilo. Ingkang gadhah cariyos manawi barang lami. Wusana barang-barang wau tuwin buku-bukunipun sami dipun bêslah ing pulisi. Rêgining barang-barang wau sadaya wontên f 15.000.

Golonganing sudagar bôngsa Tionghwa ing Cêpu, gadhah atur dhatêng pamarentah, supados badhe ewahing paprentahan enggal punika, ing Cêpu sampun kagolongakên dhatêng propènsi Jawi Têngah, ingkang administrasinipun tumindak ing propènsi Jawi Wetan, awit tumindaking padagangan mèh 90% ingkang sêsambêtan kalihan Jawi Wetan, langkung agêng ingkang tumrap Surabaya. Makatên ugi wontêning agèn-agèn kathah ingkang manggèn ing Cêpu, papriksaning pangadilan wontên ing Surabaya, dados pangintuning barang-barang inggih dhatêng Surabaya, botên dhatêng Sêmarang.

Dhoktêr Stehn ingkang nêmbe ngaso saking pajagènipun, kala ing dintên Sênèn sampun wangsul malih dhatêng pulo Panjang, badhe anglajêngakên papriksanipun ngantos 4 minggu. Kawahing rêdi Krakatao taksih wontên salêbêting toya, pulo ingkang rumiyin katingal, sapunika sampun ical malih, jalaran saking kataman ing hawa bêntèr. Pamriksa ingkang wêkasan piyambak, nindakakên rekadaya warni-warni ing bab mriksa kawah sarana ngukur lêbêting kawah, nanging tanpa damêl, awit tangsul ingkang kangge ngukur kirang panjang. Ugi sampun ngintunakên toya ing ngriku dhatêng Bandhung, prêlu badhe kapriksa. Dados mênggahing kawontênaning rêdi wau, dèrèng sagêd nêtêpakên yêktinipun.

Dhoktêr Koningsberger mêntas nyatakakên, bilih sêsakit rosan ingkang pinanggih wontên ing tanah Kajawèn, punika asli kêtularan saking bibit, tuwin sêsakit wau botên pinanggih wontên ing pasitèn waradin, namung ing parêdèn kemawon. Sêsakit wau kados sêsakit sêre, ing sabên ros-rosan wontên balêntongipun abrit. Ing sapunika sampun manggih sarana ingkang kangge panulakipun.

Pamulangan ôngka kalih ingkang mawi klas gangsal ing Kêbumèn, wontên kalih, nanging mêksa kêbak, ing sapunika dipun wêwahi pamulangan sambêtan satunggal malih.

Ing wêkdal punika ing Ngayogya tuwuh sêsakit bêntèr ingkang sairib kados inpluensah, tuwin sakit wêtêng ingkang mèmpêr tipus, nanging ingkang kataman, ingkang kathah namung lare-lare, kathah ingkang tiwas. Tumrap tiyang sêpuh botên sapintêna, tuwin botên nguwatosi. Ing sabên dintênipun, ing griya sakit Petronelah kathah tiyang ingkang dhatêng ambêkta lare alit-alit badhe jêjampi, nanging botên sadaya sagêd kapitulungan, amargi sakitipun sampun kasèp.

Wiwit malêm Jumuwah 8/9 wulan punika, komite ngajêngakên babagan kawruh umum ingkang dipun pandhegani Radèn Mas Suryapranata badhe ngwontênakên sêsorah, ingkang badhe mêdhar sabda Mistêr Suyudi, bab sêtat rèh. Dene ingkang kenging dhatêng ing ngriku namung para warganing P.S.I. sarta P.N.I.

Kawartosakên ing padhusunan sacêlakipun pabrik Sèwu Galur, kêrêp kêdhatêngan sagawon saba ing wanci dalu, sami nêdhani pitik iwèn, dhatênging sagawon wau mawi kônca kathah, malah wontên ingkang purun anyawèl pêdhèt.

Radèn Mas Arya Sumadarmaka, opêrsêsê lèsiyun Mangkunagaran, kawartosakên nyuwun pènsiun, ingkang anggêntosi Radèn Mas Bratatanaya, mayor.

Tuwan van Lith tilas wakil gupêrnur ing Makasar, sampun bidhal dhatêng Batawi, angasta pakaryan up amtênar wontên ing dhepartêmèn B.B.

Dhirèktur Lambao nêtêpakên: sami dados opsihtêr klas 1 Mas Muhadi, Mas Ismana, Mas Kamid Suriya, Mas Rustam, Radèn Kandhuruan, Sasradisura, Sastrawiyata, Mas Maskun, Radèn Citrasudirja, Mas Akram, Mas Sastramijaya, Jayadikrama, Sastradirja, Mas Ngabèi Supratna, Mas Sastra Adiwijaya, tuwin Mas Cakradisastra.

Radèn Salamun, asistèn wadana pulisi ing Ngayogya mêntas anggledhah griyanipun Tuwan Tejasumarta, saha ambêslah sêrat sêbaran, ingkang suraosipun angandharakên kalampahanipun Tuwan Arjasurana, hèlêp kasir griya pagantosan gupêrmèn, ingkang kadakwa ngirangi arta tirahan barang lelangan.

Tumapakipun taun punika, kalurahan dhusun ing Brosot, Ngayogya sawatawis, sami angsal paringan lêmbu utawi maenda pamacêg saking pamarentah, awit ing ngriku pancèn kathah kewan èstri.

--- 398 ---

Ing bab icaling arta f 36,500 ing kantor kas bêhirdhêr ing Bandhung sapriki pulisi dèrèng sagêd nyêpêng durjananipun. Pulisi sampun anggantungi arta epahan f 1000 dhatêng tiyang ingkang sagêd angsal katrangan, nanging mêksa sêpên. Tiyang ingkang sampun dipun priksa minôngka praboting katrangan kasbêhirdhêr, sêtatsiun asistèn kêkalih, sêtatsiun klèrêk, kuli plat, tuwin kasir. Yustisi ing Batawi mêntas mriksa sêtatsiun asistèn 2, sêtatsiun klèrêk tuwin kuli plat, sapriki dèrèng wangsul dhatêng Bandhung.

Ing gang Bungur Wèltêprèdhên, wontên komite kangge nampèni jakat pitrah, awit kathah tumindaking jakat pitrah, ingkang tanjanipun botên nêtêpi kados kajêngipun.

Pulisi ing sèksi Pasar Sênèn, sampun mêntas ambêslah têtêdhan bleg-blegan, ingkang sampun botên eca katêdha, kados ta susu Holandhia, ulam sardhèn tuwin sanès-sanèsipun. Bôngsa Tionghwa ingkang sadean lajêng kabêkta dhatêng sèksi prapatan dalah buktinipun.

Pulisi ing Pakis, Malang, mêntas manggih satunggiling Walandi apangkat sêrsan, nami J.K.A. Soderholm nganyut tuwuh, inggih punika sarana amblèrèk tangan kiwa tuwin gulunipun sarana lading panyukuran, kadadosan pêjah ing griya sakit Malang, punapa darunanipun dèrèng kasumêrêpan (N).

Lan-gêrèh ing Sumêdhang mriksa prakawisipun Muhamad Sanusi, ing Cibaga, kadakwa ambêdhèl wêtêngipun tiyang nama Nyi Icin. Pasakitan ngakên, lêrês ambêdhèl mawi lading gapit, awit Nyi Icin wau sakit busung. Pasakitan kaukum dhêndha f 1000.- utawi anglampahi paukuman tutup kalih wulan.

Kajawi griya 64 iji gadhahaning gêmintê ingkang dipun êdêgakên wontên ing Timurwèh, Gondhangdhia, Wèltêprèdhên. Ing Lantripèli, ugi badhe dipun adani malih 70 iji, sami sewan f 40.- tuwin f 80.- sawulan.

Rad pan yustisi ing Batawi mêntas ngrampungi prakawisipun Tuwan H.H.E. Sutherland, punggawa Ned.-Ind. Gas. Mij. ing Palembang, bab salingkuh, dakwa kaukum 5 taun kunjara, kasuda tahanan.

Pambantu Kajawèn martosakên, ing dhusun Banjarêja, Pandhanajêng tuwin Argasuka, bawah Tumpang, Malang, ing antawisipun jam 3-4 jawahipun dêrês kanthi lesus, ngantos adamêl karisakaning tanêm tuwuh lan griya-griya kathah ingkang risak, ing dhusun Banjarêja kasêbut nginggil, wontên griya 2 karêbahan kajêng, tiyang-tiyang ingkang wontên salêbêting griya wilujêng (N.)

Ingkang kawisudha dados pêpatih ing Prabalingga, Tuwan M. Jayadirana, wadana Kêpanjèn (Sêngguruh) panjênênganipun wau rumiyin wadana ing Tumpang (N.)

Ing Kudus mêntas wontên kasangsaran pabrik long anjêblos. Pabrik wau nama Jiyuciyang, ing kampung Kramat. Griya-griya ing sacêlakipun ngriku sami ambruk. Ingkang sawatawis têbih, gêndhèngipun sami rontog. Kawontênaning kasangsaran, tiyang ingkang tiwas 25, ingkang nandhang tatu 100 langkung, nanging ingkang kathah namung tatu mayar kemawon. Cacahing têtiyang ingkang nyambut damêl ing ngriku wontên 46, ingkang 25 pinanggih sampun pêjah, 1 kêtaton, dene ingkang 20 dèrèng pinanggih. Sagêd ugi taksih kathah mayit ingkang dèrèng kêpanggih, nanging sagêd ugi sami lumajêng saking ajrih. Karisakanipun agêng sangêt, inggih punika nalika panjêblosing pabrik long wau, swaranipun sora sangêt, latunipun mumbul ing awang-awang, salêbêtipun samênit kemawon, pabrik wau sampun dados pasitèn waradin. Ing sakubêngipun papan wau griya ingkang ambruk langkung 100 wuwung. Ingkang kathah griya pakampungan, têtiyangipun namung nandhang tatu kemawon. Griya-griya ing Kudus ingkang mawi jandhela kaca sami pêcah. Swaraning panjêblos ngantos kamirêngan saking panggenan sanès ingkang têbihipun pintên-pintên dasa kilomètêr. Ingkang dados jalaranipun dèrèng kasumêrêpan, awit têtiyang ingkang sami nyambut damêl ing ngriku sampun sami botên wontên. Pabrik wau tumrap ing Kudus, tatanipun kalêbêt sae piyambak, saha mêntas dipun priksa ing up insinyur Veiligheidstoezicht botên wontên ingkang kuciwa. Wontên ingkang gadhah pangintên, jalaranipun saking anggèning ngudhak obat mawi tosan, sanès têmbaga. Pabrik wau rêgi f 20.000. Kapitunanipun kintên-kintên ugi samantên. Asuransi botên nyukani lêlintu, awit ing polis sampun kapratelakakên, bilih ingkang jalaran kados makatên punika botên kalêbêt ing prajanjian angsal lêlintu. Pinanggihing bangke pating plêsat, sami risak. Dhoktêr-dhoktêr sami tumandang ing damêl, ugi angnakêsalangsal. pambantu saking Sêmarang.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 2216. Kintunan panjênêngan gambar sampun kapacak ing Panji Pustaka tuwin Kajawèn. Dene Panji Pustaka, panjênêngan sampun kakintunan kêkalih, adrès dhatêng Majakêrta. Gambar sampun kakintun wangsul.

Lêngganan nomêr 986. Bab sêrat kabar ingkang panjênêngan pitakèkakên, sapunika sampun botên mêdal malih. Bab jampi, prayogi pitakèn dhatêng griya panyadean jampi.

Anglêrêsakên kalêpatan.

Ing Kajawèn nomêr 17 ing kaca 330 larikan kaping tiga saking nginggil, perangan sisih têngên mungêl: manawi balumbang wau wontên ulamipun, punika ambêbayani sangêt tumrap nènèr-nènèr wau, punika lêpat, lêrêsipun: manawi balumbang wau ngantos wontên ulamipun kotès utawi kutuk, punika ambêbayani sangêt tumrap nènèr-nènèr wau.

--- 399 ---

Wêwaosan

Sêsupe Agêmipun Rajaputri ing Seba

22

7

Sang Sultan Barung lajêng ngandika malih: Dhuh Sang Putri Walda Nagasta, panjênêngan punika kagungan sêdya botên sae tumrap kaluhuranipun dewa kula Sang Harmac, nanging tumrap panjênêngan, kalangkunganipun Sang Harmac punika agêng sangêt. Kêkiyatan ingkang sagêd adamêl sela sawatawis dados awu, lan sagêd adamêl tiwasing tiyang pintên-pintên, punika botên anggadhahi daya punapa-punapa mênggahing Sang Harmac ingkang dipun titahakên saking manahing rêdi, tuwin pinanjingan suksma langgêng. Dene manawi wontên karsanipun sang dewa wau nilar kula sadaya, jalaran saking kêkiyatan panjênêngan wau, têtiyang Fung wontên ingkang badhe kantun ing ngriki badhe malêsakên sang dewa wau, ing sadèrènging andhèrèkakên tindakipun. Lan kula anyêtyani dhatêng makutha kula punika tuwin amrasêtyaningamrasêtyani. lêluhur kula ingkang sumare ing sadhasaring kitha Mur. Têtiyang Yahudi bôngsa Abati wau namung satunggal ingkang badhe kula gêsangi, inggih punika namung panjênêngan piyambak sang putri putraning para nata, amargi saking luhuring panggalih panjênêngan, lan tiyang ngamônca têtiga punika, jalaran saking kêkêndêlan lan kawêgiganipun. Ananging sadhèrèk sampeyan jalêr pun jandhela kaca cêmêng badhe kula kurbanakên ing sang dewa, samantên punika manawi sampeyan sadaya botên purun tumut dhatêng kula, dene manawi purun, badhe kula cobi luwaripun saking bêbaya kurban wau. Bok inggih karsaa, ing mangke têtiyang Abati malah inggih badhe kula gêsangi, lan badhe kula purih nyambut damêl kados rencang tumbasan, supados sagêda ambiyantu kaluhuranipun Sang Dewa Harmac.

Sang putri ingkang kala punika astanipun ingkang ramping anglêus-êlus lapak, amangsuli makatên: O, ingkang makatên punika botên sagêd. Punapa Jahova ingkang dipun sêmbah ing Salomo bapa kula, punapa badhe kawon kalihan rêca, ingkang katitahakên dening tangan damêlanipun Jahova. Têtiyang kula ing sapunika sampun sami tanpa bayu, sami supe dhatêng agaminipun, saha sami pating tlêngsêng wontên ing sagantên wêdhi, kados sacaraning têtiyang Yahudi. Ingkang makatên punika kula sumêrêp. Malah bokmanawi sampun dumugining wancinipun têtiyang wau sami sirna. Inggih prayogi, nanging ingkang kula suwun, mugi têtiyang wau pêjahipun wontên salêbêting kamardikan, sampun ngantos pêjah dados rencang tumbasan. Ewasamantên, kula botên badhe nyuwun sih kawêlasan panjênêngan Sang Prabu Barung. Kula botên purun badhe dados dêdolanan wontên ing kadhaton panjênêngan, dene manawi sampun pantos, kula inggih botên badhe nyelaki dhatêng pêjah kula amargi kuwajiban kula tumrap Hyang Maha Suci tuwin lêluhur kula, sampun kula tindakakên. Makatên wangsulan kula dhatêng panjênêngan, inggih punika wangsulanipun putri putraning para nata. Ananging (kala punika sang putri anglajêngakên pangandikanipun sajak sumèh) kula matur sèwu nuwun dhatêng kasaenan panjênêngan. Dene manawi ing benjing kula ngantos kasoran, dhuh Sang Prabu Barung, mugi kaparênga manggalih dhatêng badan kula kanthi alus, kadosdene tiyang, ingkang têmên-têmên sumêdya ananggulangi kêkiyatan ingkang langkung saking mêsthinipun. Sasampunipun lajêng kèndêl anggènipun ngandika.

Sultan Barung amangsuli awigatos:Ingkang makatên punika badhe tansah kula èngêti, sapunika punapa sampun rampung pangandika panjênêngan.

Sang putri ngandika aris: O, dèrèng. Têtiyang mônca punika kula pasrahakên dhatêng panjênêngan, samangke têtiyang mônca punika kula wudhari prajanjianipun dhatêng kula. Prêlu punapa tiyang mônca punika ngêtohakên nyawanipun, tumrap prakawis ingkang botên wontên pangajêng-ajêngipun malih. Dhuh sang prabu, mugi panjênêngan karsa anggêsangi dhatêng têtiyang mônca punika, makatên ugi dhatêng mitranipun ingkang panjênêngan tawan. Makatên malih ing ngarsa panjênêngan wontên sawênèhing rencang tumbasan, ingkang dipun parabi tukang nêmbang saking Mêsir, antawisipun priyantun mônca têtiga punika, têpang kalihan piyambakipun kala taksih alit. Kintên-kintên panjênêngan rak inggih kaparêng maringakên rencang tumbasan wau dhatêng priyantun punika.

Sang putri kèndêl anggènipun angandika, nanging Sang Prabu Barung kèndêl botên mangsuli punapa-punapa.

Salajêngipun sang putri lajêng nolèh dhatêng kula sadaya sarwi ngandika makatên: dhuh para mitra kula sadaya, mugi kaparênga kesah saking ngriki. Sangêt ing panarimah kula dhatêng sadaya kangelan panjênêngan, ingkang panjênêngan lampahi tumrap kula, amila kula sumêdya asuka ganjaran awarni êmas, tamtunipun Sang Prabu Barung karsa amanggalihakên, murih ganjaran wau dumugi panjênêngan sadaya kanthi wilujêng. Pancènipun kula kapengin pitêpangan kalihan panjênêngan sadaya ngantos dangu, bokmanawi kemawon sagêd pinanggih malih wontên salêbêting paprangan. Sumôngga sapunika sami andum wilujêng.

--- 400 ---

Sang putri lajêng kèndêl, lan kula sumêrêp, bilih sang putri anggènipun mriksani saking salêbêting kudhung kêtingal wigatos, makatên ugi Sang Prabu Barung anggènipun mriksani angêmên-êmênakên, sang prabu wau wangunipun kapengin priksa kadospundi wêkasaning rêmbag punika.

Sarêng Orme sampun mangrêtos sadaya ingkang dipun rêmbag wau, piyambakipun lajêng mangsuli makatên: ingkang makatên punika botên sagêd kalampahan babarpisan. Manawi Higgs mirêng, tamtu botên badhe ngapura dhatêng kula sadaya, dene kula sadaya gadhah tindak botên prayogi, namung kangge kaprêluanipun Higgs piyambak. Sabab tumrap prakawis ingkang agêng-agêng, Higgs punika adil sangêt. Salajêngipun ujug-ujug Orme wicantên dhatêng kula makatên: ananging tumrap ing awakmu, dhoktêr, rampungana dhewe, amarga kowe duwe kabutuhan dhewe. Dene kanggone sêrsan, aku dhewe sing bakal ngrêmbugake.

Kula lajêng amangsuli: Tumrape awakku dhewe wis tak rampungi, muga-muga kang mangkono iku anakku awèh pangapura. Kajaba iku Sultan Barung ora duwe janji apa-apa mênyang aku.

Orme awicantên: Wis ta banjur matura mênyang sultan kae, sirahku saiki krasa ngêlu bangêt, lan aku kapengin bangêt bisane ngaso.

Kula inggih lajêng matur dhatêng sang sultan, sanadyan ing batos manah kula rumaos nalôngsa sangêt. Ingatasipun sampun cêlak sangêt dhatêng sêdya ingkang sampun pintên-pintên taun, têka lajêng botên kadumugèn sêdyanipun wau, jalaran namung sabab badhe mitulungi tiyang èstri, gêntho-gêntho lan tiyang jirih sawatawis.

Namung satunggal panyuwun kula dhatêng sang sultan, mugi karsaa ngandikakakên, satêmbung-satêmbung dhatêng Higgs punapa ingkang sampun dipun rêmbag punika, prêlunipun supados Higgs sumêrêp kawontênanipun ingkang sayêktos.

Samangke Sang Sultan Barung ngandika makatên: dhuh Harmac dewa kula. kados punapa gêtun kula, saupami wangsulan sampeyan punika botên makatên. Kula sampun nate mirêng dêdongenganipun tiyang Inggris, saking cariyosipun tiyang Arab. Upaminipun kemawon, kula sampun nate mirêng satunggaling cariyos, bilih wontên satunggiling tiyang Inggris pêjah kalanipun ngêkahi kitha, ingkang dipun têmpuh dening umating nabi, ngakên bilih saliranipun piyambak punika ugi nabi. Ingkang kalampahan makatên punika ing Kartoem sapinggiring banawi Nyl, pêjahing tiyang wau pêjahing prajurit, ingkang lajêng dipun walêsakên dening kônca-kônca bangsanipun. Kula botên patos pitados dhatêng dêdongengan wau, amila kula ngêntosi badhe nêmbang kawontênan sadaya rumiyin. Kula samangke sagêd nêmbang yêktos, lan kula sagêd nêmtokakên, bilih sadhèrèk sampeyan pun jandhela kaca cêmêng, sanadyan ta wontên cangkêming sima, mêksa angrumaosi agêng manahipun, manawi angraosakên wangsulan sampeyan sadaya wau. Amila sampun kuwatos, piyambakipun tamtu badhe mirêng omongan sampeyan wau. Tukang nêmbang saking Mêsir, ingkang mangrêtos dhatêng basaning sadhèrèk sampeyan, tamtu nyariyosakên sadaya wicantên sampeyan, lan wusananipun rêmbag wau tamtu dipun rumpaka. Samangke sami andum wilujêng kemawon, mugi-mugi ing benjing kula sagêda pêrang tandhing kalihan sampeyan. Salajêngipun sang nata antudingi Orme kalihan ngandika makatên: tumrap sampeyan, ingkang prêlu piyambak, sampeyan kêdah ngaso. Dhuh sang putri putraning para nata, mugi kula kaparêng nguswa asta panjênêngan, saha kaparênga angdhèrèkakên wangsul dhatêng dununging kawula panjênêngan. Kajêng kula, bok inggih kawula panjênêngan punika sagêda dados kawulaning putri utami, ingkang kados panjênêngan. Malah pikajêng kula, bok inggih kula sadaya punika dados kawula panjênêngan.

Sang putri lajêng ngacungakên asta saha lajêng dipun uswa ing sang sultan, saha sasampunipun, astanipun sang putri taksih dipun cêpêng kadhèrèkakên ngantos dumugi panggenaning kawulanipun.

Sarêng kula sadaya dumugi ing ngriku, kula mirêng têtiyang Abati sami pating grênêng makatên: E, kangjêng sultan, kangjêng sultan, lan kula sumêrêp, bilih Pangeran Josua ngandikan sawatawis kalihan para upsir ingkang ngupêng panjênênganipun.

Sêrsan Quick abisik-bisik dhatêng kula makatên: sumôngga panjênêngan awasakên, bandara, gêntho punika têmtu gadhah kajêng ingkang botên sae.

Sawêg kemawon Quick kèndêl anggènipun wicantên, Josua kanthi kancanipun sawatawis numpak kapal ambandhang saha lajêng ngêpung kula sadaya.

Josua lajêng ajêlih-jêlih makatên: He Sultan Barung nututa, yèn ora gêlêm mêsthi bakal tak patèni.

Sang sultan amriksani Josua sajak gumun saha mangsuli makatên:

He, upamane aku nyêkêla gêgaman (awit kalanipun sang sultan nyêpêng astanipun sang putri, talêmpakipun kabucal) salah siji mêsthi ana kang nêmahi tiwas, hèh cèlèng kang nganggo sandhanganing manusa.

Salajêngipun sang sultan lajêng nolèh dhatêng sang putri, pangandikanipun: dhuh sang putri putraning para nata, kula sumêrêp, bilih para kawula panjênêngan punika sami jirih saha botên kenging dipun pitados, ananging punapa sang putri badhe marêngakên, têtiyang punika gadhah tindak makatên dhatêng para utusan, ingkang dhatêngipun ambêkta bandera dhami.

Sang putri amangsuli kanthi sora: O, botên. Hèh Paman Josua, paman angrèmèhakên dhatêng kula, tuwin angasorakên namaning bôngsa kula. Kèndêl, kajêngipun sang sinuhun nataning têtiyang Fung lêstantun tindakipun.

Ananging têtiyang wau sami botên purun, amargi manawi sang prabu namung dipun culakên makatên kemawon, rak inggih eman-eman. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 21, 22 Pasa Taun Jimakir 1858, 14 Marêt 1928, Taun III

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [401] ---

Ôngka 21, 22 Pasa Taun Jimakir 1858, 14 Marêt 1928, Taun III.

Kajawèn

Kawêdalakên Sabên Dintên Rêbo lan Saptu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Pakuburan bôngsa Tiyonghwa ing Malang

[Grafik]

Gêsanging tiyang wontên ing donya kêtingal beda-bedanipun, ngantos dumugining kuburipun pisan, inggih taksih kêtingal bedaning sugih lan mêskin. Nanging mênggah alusing raosipun botên beda, sami wênang manggèn wontên salêbêting siti.

--- 402 ---

Raos Jawi

Têtimbangan Kawontênan ing Donya

Kawontênan ing donya punika sampun mêsthi têtimbangan, kados ta: bingah lan susah, padhang lan pêtêng, sugih lan miskin, tuwin sanès-sanèsipun, dene kawontênan ingkang têtimbangan wau, sadaya sami dados prabot ingkang tumanduk dhatêng lêlampahaning tiyang, wontên ingkang manggih kabingahan, wontên ingkang manggih kasusahan, makatên sasaminipun.

Saking warni-warnining kawontênan ingkang mawi têtimbangan wau, anjalari tuwuhipun pangraosing tiyang anggadhahi panggrêsah tuwin botên, ingkang anggrêsah punika tumrap tiyang ingkang nuju kataman ing sabab ingkang botên andadosakên panujuning manah, makatên ugi kosokwangsulipun tiyang ingkang botên gadhah panggrêsah. Nanging sanyatanipun botên wontên lêlampahan ingkang dhumawah ing tiyang punika ajêg, tiyang ingkang sawêg sênêng-sênêng, trêkadhang lajêng santun amanggih lêlampahan ingkang botên nyênêngakên, nanging tiyang ingkang sawêg marêbês mili, wontên ingkang lajêng santun dados mèsêm.

Manawi dipun raosakên sayêktos, sanadyan kawontênan ing donya punika namung wontên kalih prakawis, nanging sampun anyêkapi kangge ngramèkakên.

Sanadyan kawontênanipun sampun cêtha kados makatên, tiyang gêsang tansah katambuhan, sabên kataman ing susah lajêng ngawontênakên sêsambat ngaru-ara, nanging manawi manggih kabingahan, lajêng kèndêl kemawon, dados manawi makatên, tiyang ingkang kados makatên punika, têrangipun pancèn botên ngrêtos dhatêng wontênipun timbangan, awit saupami mangrêtosa, prêlunipun sêsambat punapa, awit sampun tamtu lêlampahan ingkang mawi têtimbangan punika kawontênanipun botên langgêng, namung sarèhning raos botên sakeca punika botên dipun ajêngi ing tiyang, dados wêdaling sêsambat punika namung nama kêlimrahan.

Nanging tiyang manawi purun angyêktosi, kados botên kêkirangan lêlampahan ingkang kenging kangge têpa tuladha, upaminipun tiyang ingkang sawêg manggih dêdukaning bandara, lajêng angraos susah, panggagasipun lajêng ngantos dipun kandhasakên ing manah, sampun tamtu kemawon botên sagêd ical-ical, awit botên purun nguwalakên dhatêng raos ingkang dhumawah ing badanipun wau. Dene murih sagêdipun uwal, pancènipun kêdah ngèngêti, bilih dukaning bandara punika rak saking andukani kalêpatanipun, yèn nyata makatên, kêdah dipun rumaosi, lan ngèngêtana bilih dukanipun wau mêsthinipun inggih botên langgêng, dados manawi sampun ngrumaosi dhatêng kalêpatanipun, nama sampun sah anggènipun nêdya sumingkir saking kasusahan, dene manawi bandaranipun punika pancèn kêdunungan manah botên rêmên dhatêng piyambakipun, [piyambaki...]

--- 403 ---

[...pun,] wajibipun kêdah dipun singkiri, awit manawi botên makatên, sampun tamtu tansah manggih kasusahan kemawon, kosokwangsulipun raosing bandara ingkang kados makatên punika, tamtunipun pamênangipun dhatêng tiyang sanès ingkang samantên wau, inggih dipun anggêp kasênêngan, nanging punapa inggih bandara ingkang kados makatên punika têtêp raosing kasênênganipun, kados inggih botên, dados inggih nate manggih lêlampahan akangingkang. botên nyênêngakên, sami kemawon.

Wontên sawênèhing tiyang mênggahing limrahipun sampun dipun wastani sênêng gêsangipun, nanging nyatanipun ingkang nglampahi botên makatên, gêsangipun wau rumaos namung sêdhih, prihatos, wontênipun gadhah manah makatên punika, jalaran saking taksih kapenginipun langkung saking samantên, wosipun namung badhe mujudakên kawontênaning timbangan.

Saking sangêting rumaos pêtêng ing manah, ngantos pados panglipur, baitan wontên ing lèpèn, mawi ambêkta kalênengan dalah sapasindhènipun. Kalanipun baita lumampah, gôngsa tansah ngrêrangin, dhasar swaraning pasindhèn sae araos gumarit ing manah. Salêbêtipun makatên wau, tiyang ingkang pados panglipur ngantos tuwuh panggagasipun: O, dene swara iku saya nênangi mênyang rasa panalangsaning atiku, kapriye margane aku bisa nêmu pamarêm kang têmênan.

Sarêng wanci têngange, lampahing baita kèndêl wontên sacêlaking sabrangan, ngeyup wontên sangandhaping papringan ayom, sacêlakipun ngriku wontên tiyang ngumbah sukêt wontên ing bênteran, kringêtipun gumrobyos angêbêsi badanipun ingkang warni cêmêng gilap. Tiyang ingkang pados kasênêngan wau nyêlaki kalihan pitakèn: Kang, sukêtmu kuwi yèn koêdol payu pira. Wangsulanipun: pajêng tigang kêthip, bêndara. Ingkang pitakèn: anggonmu ngarit pirang jam, wangsulanipun: wiwit enjing. Ingkang pitakèn: yèn payu samono, kotanjakake apa. Wangsulanipun: ingkang gangsal wêlasan, kula kangge nêmpur, gangsal sèn lawuh, sabenggol lisah kangge dilahan, sabenggol kabêtahan sanèsipun, dene ingkang gangsal sèn kangge gembolan. Ingkang pitakèn: apa kowe sênêng, wangsulanipun: sangêt, bêndara. Mangke dumugi griya lajêng royoman nêdha kalihan anak bojo.

Clop, manahipun tiyang ingkang pitakèn kados dipun garit, ngantos kêwêdal wicantênipun lirih: kalah aku.

Mênggah têrangipun, tiyang ingkang makatên wau pêpindhanipun kados awak-awakaning traju, sagêd ambobot awrating kiwa têngên, nanging badanipun piyambak botên angraos punapa-punapa.

Mila ingkang prayogi piyambak, mênggahing ngagêsang, kados namung prêlu ngudi pramananing pamawasipun dhatêng têtimbangan wau.

--- 404 ---

Ekonomi

Pangudaraosing Randhu

Sapa bae kang durung tau wêruh wujudku, kiraku sakabèhing wong wis padha têpung karo aku: nanging dhèwèke ora rumasa. Sing sapa kôndha ora tau têpung karo aku, dêlêngên panganggomu, kajaba yèn wuda, apa asale panganggomu iku...?

[Grafik]

Randhu ingkang sampun sami malêthèk.

Aku ngono satêmêne sawijining bôngsa wowohan kang akèh paedahe, sabab sakabèhe wong wiwit cêngèr urip ing ngalam dunya iki nganti sapatine masthi kudu migunakake aku. Iya apa ora.... dêlêngên gambare wujudku dhisik kang waspada.

Yèn ora rumasa jajal tak dawakne sathithik dongèngku kiyi supaya para maos sing kadugi nindakake karêbèn sagêd manggalih mungguh prêluku tumrap ing ngakèh. Sabab saka pamawasku wong-wong ing tanah Jawa Wetan akèh kang ora migatèkake marang uripku lan pêncare wijiku, mulane panganggone kang bôngsa suwèk saya lawas saya curês, sabab kurang pamardine.... Môngka aku iki padha-padha tuwuhan wuluning bumi kang gampang bangêt pamêncare yèn pancèn diopèni, ora pilih-pilih môngsa lan panggonan. Têgêse: sanajan pinuju môngsa katiga utawa rêndhêng ing tanah ngare utawa pagunungan aku masthi bisa thukul kanthi bêcik, apa manèh aku ora pati alêman kaya wowohan liyane, artine: sanajan uwitku (turusku) utawa isiku (klênthêngku) sok anggêr ana sing gêlêm nyèblêkake nyang lêmah bae wis masthi bisa thukul... e mêngko dhisik, tak tuturi jênêngku, nalika isih nom aran randhu, wujudku saèmpêr katès nanging luwih cilik lan rada gilap, rupane klambiku (cangkokku) ijo kêna digawe rujakan, enake dirujak gula: yèn wis satêngah tuwa kulambiku mau salin warna dadi ijo sulak kuning, ing waktu iku aku diarani pinuju matal wis ora enak [ena...]

--- 405 ---

[...k] dirujak. Yèn wis tuwa têmênan, klambiku malih dadi warna irêng sulak abang, ing kono mangsane aku lèrèn olèhku mangan zad sing saka uwit, ototku wis anggronggong, mulane ora pati kuwat dak gawe nyêrot panganan mau, malah suwe-suwe tanpa mangan, nanging aku isih anduwèni kêpengin zad mau, mulane aku isih kêlèt karo gantilan... sasuwene aku ora mangan zad, klambiku ora kuwat nanggulangi panasing srêngenge, wah manèh tandhon panganku êntèk, andadèkake garinge awakku, suwe-suwe klambiku mau bêdhah yaiku mlêthèk. ... lagi iku aku wêruh padhang hawa, wujudku kaya jagung dioncèki. Saka daya kasiliring angin awakku dadi mongkrog mawul-mawul, ing môngsa iku aku diarani kapuk.

Sasuwene aku dadi kapuk duwe garjita mangkene: Ah, kapan baya aku bisa mabur pisah adoh karo ênggon kalairanaku kanthi anggawa wiji lan banjur thukul ana ing liya panggonan, dadi aku bisa mangan warêg tur sênêng, ambokmanawa aku bisa mêncar dadi akèh, yèn dirumat dening uwong masthi awakku bisa aji, apês-apêse didokok ing paprêman dikêmbangi sabên dina, luwih-luwih nèk sing ngrumati awakku para luhur tansah diaji-aji awakku, malah yèn para luhur mau sare aku dikêkêp, awit kulinane ora bisa sare yèn ora tunggal aku... hlo, panggarjitaku mangkono mau tak laras manèh têmah thukul pamikir mangkene: lah iya, nèk ngono aku iki ora beda karo ananing manusa, sabab manusa lan thêthukulan padha duwe urip dhewe-dhewe, lan manèh yèn wus wayahe diwasa lumrahe pisah saka bapa biyunge, nyingkrih saka papan kalairane banjur nêdya mêncarake wiji (anak-anak) supaya dadi akèh amrih anambahi isi sarta rêrêngganing jagad. Panggarjitaku mangkono iku dadi ora nyêbal saka watoning kodrat.

Dilalah kêrsaning Hyang Agung, sanalika iku ana angin gêdhe têka, dadi awakku mobat-mabit ... brul katutan wiji (klênthêng) awakku munggah gêgana, ora mikir bakal tumibane awakku mêngko ing ngêndi, kang dak èsthi ora ana kajaba kancaku sing isih padha kari gumandhul ing uwit bisaa dirumati uwong kanthi bêcik, lan wong-wong mau ambudidaya bab pêncare bangsaku supaya ing têmbe rêgane panganggone kang bôngsa suwèk rada murah panukune.

Sasuwene aku anut lakuning angin mau awakku krasa ènthèng bangêt, rèhne wis pisah saka papan kaliranaku, atiku lêga, sanajan bakal tumiba ing ngêndi bae aku gêlêm sarta sumêdya ngudi thukuling wiji sing tak gawa mau.... Wah dadak kabênêran aku tumiba ing lêmah loh, ing wasana wijiku mau thukul lêmu awakku awor lêmah.... Hlo, dongèngku samono mau minôngka pasêmon tumrap para manusa sing isih sênêng manganggo bisa angudi mungguh pêncarku, luwih-luwih wong padesan, pamujiku muga anaa kang ngrasakake lêlakonku mau, sukur sèwu duwènana pambudi bisaa duwe piranti dhewe kanggo anggawe panganggo kang asale saka kapuk kaya aku.

Hla, ing têmbe yèn bôngsa kapuk kaya aku ngene

--- 406 ---

kiyi wis akèh bangêt, mêsthine rêgaku murah, mangkono uga panganggone wong-wong kabèh bisa dadi murah, sabab panganggo suwèk mau asale (sing digawe) sing akèh saka kapuk bôngsa aku ngene..., lan ana kapuk bangsaku, yaiku diarani kapuk kapas.

[Grafik]

Panggaraping randhu kadadosakên kapuk rêsik.

Kapuk kapas iku panêmune, karêpe, apa manèh yèn kadhung gêlêm dongèng, wis ta, jiblès kaya aku, mung bae dhèke kalêbu bôngsa rada alus, mulane sanajan ginawea bêbakalane mori uga diarani mori alus.

Ambalèni dongèngku sing durung tutug, yaiku bab uwitku lan rekadaya panandure apa manèh prêlune sawatara, dene yèn ana kakurangane utawa sêling-surupe ênggonku ngêmpakake pitêmbungan, nyumanggakake para pangripta myang para sarjana, malah panyuwunku krêsaa angowahana, tanpa kêndhat ing sadurunge nyuwun gunging pangaksama.

Uwitku ngono uga diarani uwit randhu. Uwit randhu iku warna-warna, kaya ta: randhu putih, randhu êri, randhu agung, utawa randhu alas, lan liya-liyane, dene aku iki diarani randhu putih, prayogane yèn arêp mêncarake ngêthoka turusku kang sumêdhêng ênom tuwane miliha kang gêdhene watara sakempol, dawane nyadhêpa utawa luwih, dilancipi nuli tancêpna ing satêngahing pagêr pakarangan, sawah utawa patêgalan, ngiras kanggo pikuwating pagêr utawa rambatane bôngsa uwi, urut pinggir pagêr mau arang kêrêpe kaaraha yèn pange wis gêdhe aja nganti gathuk karo kancane, lumrahe 7 dhêpa.

Ing pungkasane turusku mau sing dhuwur kudu dibalêbêd [dibalêbê...]

--- 407 ---

[...d] nganggo gadêbog têlês, minôngka kudhung aja nganti turusku mau garing amarga kêna panasing srêngenge, têmahane enggal sêmi, yèn pinuju katiga mêsthine lêmahe garing bêcik disiram sawatara, yèn sêmine ngrêmbuyung akèh kudu diprithili, dikèrèkake 1 utawa 2, sêmèn kang wajib diingu, kapiliha sing lêmu dhewe.

Sumurupa salawase uwitku iku godhonge ora patia ngrêmbuyung kaya wit-witan liyane, mulane ora ambêbayani tumrap tanduran sing cilik-cilik sajroning pakarangan utawa sawah patêgalan jalaran kayoman godhongku samôngsa aku wis gêdhe.

Êpang randhu ora prêlu ditutuhi mundhak nyuda kèhing uwoh, kajaba yèn tumiyung mênyang ngomah utawa gawe mutawatir. Salawase êpangku iku pang pèl, têgêse gampang sêmpèl. Mulane yèn arêp ngundhuh aku ora prêlu dipènèk, cukup mung dirog saka ngisor nganggo gèntèr: aku mêsthi runtuh, mau mula aku kôndha aku iki dudu bangsane wowohan kang alêman.

Ngèlingana yèn arêp ngundhuh aku bêcike yèn aku wis mangsane matal bae, aja kênomên utawa kêtuwan nganti awakku katon mawul-mawul, lumrahe tuwaku ing môngsa ngarêpake labuh, mulane ing pangundhuh aja nganti kadhisikan tibaning udan, mundhak andadèkake kurang bêcikku samôngsa kanggo kasur utawa bantal. Yèn kancaku wis nglumpuk nuli lêbokna dobong gêdhe, diglèdhèk karêbèn aku pisah karo klênthêngku, ing kono wiwit kêna diupakara nêdya kanggo apa bae sasênênge wong sing ngrumati aku utawa didol minôngka bakale mori.

Wasana pangèsthiku, wong-wong padha ambudidayaa pêncarku, srêgêpa nandur wit randhu, supaya ing têmbe aku bisa murah rêgane, sukur bage bisa gawe kêbon randhu, sanajan didola mênyang sabrang yèn wis murah rêgane, tartamtu ing têmbe rêgane panganggo kang asline saka bangsaku bisa luwih murah tinimbang sing wis kalakon.

Nirrasa Nitiatmaja. Tumpang, Malang.

Bab Wulang Sae

Sanguning Agêsang

[Kinanthi]

Kanthi awas lawan emut / santosa sabar ing budi / makatên wêwulangira / para lêluhur ing nguni / yèku sanguning ngagêsang / nèng donya murih basuki //

lire awas têrangipun / sabarang tindaking urip / aswaaywa. tilar ing wêweka / wajib titi ngati-ati / jêr donya akèh penginan / kang karya sangsarèng dhiri //

awit ing kalimrahipun / ngagêsang lamun ningali / ing wêwarnan kang sarwendah / miwah mawi amêmelik / kauntungan langkung kathah / tyasira gampang kapengid //kapengin.

ing satêmah

--- 408 ---

lalu limut / saking melik gendhong lali / wong dêdulu: ngabotohan / makatên upaminèki / saèstu melik kalintang / wrin pamênang anglangkungi //

jêr saêjam bisa ontung / mênang têlung puluh ringgit / tur sinambi jêjagongan / ngrungokke gôngsa ngêrangin /ngrêrangin. tibaning gong kabênêran / nêbak bangku angrabasi //

bingahe kalangkung-langkung / lir jawah têkaning dhuwit / kang mulat dahat kapranan / têmah milu anênêmpil / yèn mênang pan dadi tuman / yèn kalah mrih wangsuling dhit //

kang makatên wujudipun / wong tilar waspada yêkti / mung kang mênang kang katingal / kang kalah datan tiniti / gene tan wrin kawirangan / nêmbung utang kèh sujanmi //

yêkti kathah yèn winuwus / bêbaya ingkang pinanggih / wit saking karêm kasukan / wong sugih pan dadi miskin / priyayi kecalan pangkat / wênèh ana nglalu mati //

wontên malih tunggilipun / wong karêm utang kapati / dupèh gampang linampahan / mung muwus kèwês kawijil / nyêngka nganggo têtanggungan / mêsthi lamun dèn sukani //

wêwekane tan dinulu / anakan nêkuk nikêli / mung melik tampaning arta / krasa-krasa yèn tinagih / pinêksa bayar cicilan / mawi ngancam murih miris //

ketang saking ajrihipun / wusana ngupaya budi / utang-utang maring liyan / karya wangsuling panicil / mangke saya kasangsaya / nandhang utang andharindhil //

sigêg ganti kang winuwus / mênggah bab emut puniki / lire emut mring lêlakyan / nênggih utamining urip / sumingkir maring maksiyat / yèku panggawe tan yukti //

jêr ngagêsang yèn kongsi wus / paracidra anindaki / utang ngêmplang ambêbedhang / ambêk siya ing sêsami / colong jupuk èstu têmah / sinirik sakèh sujanmi //

dadya apês badanipun / uripe sinônggarunggi / nambut karya tan tinampan / saya ayun angêngêmpit / candhak kulak bêbakulan / layanane nora sudi //

yèn kalêrês sami kumpul / jroning pasamuan yêkti / kang cêlak tumuli kesah / sumêlang bok diarani / ginêbyah uyah wong ala / katôndha katon nyakêti //

marmane sami dèn emut / marang ing panggawe bêcik / anêtêpi tatakrama / mrih sinihan ing sasami / èstu agêng dayanira / sugih mitra mitadosi //

kêni pininta pitulung / bok ing têmbe angalami / lêlakon kang ewuhaya / anaa kang amadhangi / pêpêtênging manah susah / mrih lêjar lir wingi uni //

wondene ingkang kasêbut / santosa kukuh ing kapti / tan kagiwang ing panggodha / mung mungkul ngèsthi sawiji / kanthi têmên-tinêmênan / mrih katêkan kang kinapti //

makatên ing lampahipun / panggayuh marang kamuktin / têtêp budi datan owah / mungkur ing rèh ngujèng kapti / abêbungah tanpa wayah / byung-ubyungan pakardi //Kurang satu suku kata: byung-ubyungan tanpa kardi.

balik malah amilaur / nèng ngomah marsudi budi / kasampurnaning pakaryan / apa ingkang dèn tindaki / insya Allah katurutan / katêkan ingkang kinapti //

mangke sabar kang winuwus / kathah ingkang amastani / tindak ingkang ngulêr kambang / ngalêmêr lir kurang bukti / cinacad tindak tan yogya / makatên klintu sayêkti //

wondene pikajêngipun / tindak kang sabar puniki / lire mawi ngarah-arah / aywa nganti mindho kardi / marma katon datan rikat / saking tindak ngati-ati //

yèn ambabar èstu punjul / kang saya lêga ing galih [ga...]

--- 409 ---

[...lih] '/ kang mulat sami karênan / saking ing pakirtyan awig / satêmah kondhang warata / aindêngisaindênging. sanagari //

yêkti wontên bedanipun / tindak sabar lawan rindhik / tumrap tindak ingkang sabar / talatèn kalawan titi / datan darbe wêgah sayah / linambaran budi êning //

tindak kang rindhik puniku / kakehan klêthêk yèn wiwit / nadyan garap barang gampang / dangune kapati-pati / ing wusana lêrês lêpat / tarlèn nyuwun pangaksami.

Darpa.

Pawartos Wigatos Tumrap Bakda Riyadi

Kajawèn Badhe Kawêdalakên Adèn

Bakda riyadi utawi lêbaran, punika tumrapipun tiyang siti dipun anggêp dintên ingkang mulya. Ingkang punika, Kajawèn ugi badhe dipun wêdalakên adèn, murih cundhuk kalihan kawontênanipun dintên ingkang dipun mulyakakên. Kajawèn ingkang badhe dipun wêdalakên punika nama: Kajawèn Nomêr Lêbaran.

Sampun tamtu kemawon bukunipun langkung kandêl, langkung sae tuwin gambaripun langkung kathah tinimbang padatanipun.

Sayêktosipun kawontênan makatên punika dados lantaraning margi prayogi piyambak tumrap ingkang badhe kaparêng lêngganan Kajawèn.

Kawigatosna. Sintên ingkang kaparêng lêngganan wiwit tanggal 1 April, tuwin sampun ngintuni arta rêginipun sakwartal badhe tampi Kajawèn lêlahanan ingkang kawêdalakên ing wulan Marêt, dalah Kajawèn nomêr lêbaran pisan.

Pèngêt. Pamundhut ingkang botên dipun kanthèni arta rêginipun botên dipun tampèni. Wêlingan rêmburês ugi botên dipun tampèni. Dene nomêr lêbaran botên kasade eceran.

Sumôngga tumuntêna ngintunakên arta ing sapunika, ngèngêtana dhatêng adining Kajawèn nomêr lêbaran.

Adm. Kajawèn.

Panglipur

Panglipuring kasusahanipun tiyang rupak ing budi, kêdah dipun lêlipur ing tiyang sanès, nanging tumrap tiyang ahli budi, susahipun sagêd dipun lêlipur piyambak, nyêngkanipun cêkap amaos buku. Mila wajib tiyang maos buku ingkang sae-sae, dunungipun ing Bale Pustaka.

--- 410 ---

Pêpanggihan Dalêm Nata Surakarta tuwin Nata Ngayogyakarta Wontên ing Surakarta.

[Grafik]

Sasampunipun Gusti Radèn Ayu Sêkar Kadhaton Kustiyah têtês, Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Hamêngkubuwana Ingkang Kaping 8 rawuh tuwi dhatêng Surakarta. Gambar ing nginggil sisih têngên nalika Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan rawuh ing kadhaton Surakarta, salaman asta kalihan ingkang wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ing Surakarta. Nginggil sisih kiwa, lênggah dalêm nata kêkalih tuwin paduka tuwan residhèn ing Surakarta. Ngandhap têngên, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Pakualam sakalihan para putra sadhèrèk dalêm saha pêpatih Ngayogyakarta, ngadhêp lênggah dalêm. Ngandhap kiwa, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara sakalihan para putra sadhèrèk dalêm, saha pêpatih ing Surakarta, ngadhêp lênggah dalêm.

--- 411 ---

Pamulasaraning Lare

Panyuwunan

Kados sampun dados kalimrahanipun lare alit, manawi sumêrêp têtêdhan utawi barang sanèsipun ingkang dipun rêmêni, adhakan lajêng enggal kemawon kumêcap nyuwun dhatêng bapa utawi biyungipun.

Sabab saking punika, sadaya panyuwunanipun lare, sampun tumuntên dipun paringi. Sanajan lare nangisa, nanging dipun kèndêlakên kemawon. Sampun dupèh lare wau nangis, barang ingkang dipun suwun lajêng dipun paringakên. Awit manawi makatên, têmahan pun lare lajêng manuh, benjing malih manawi nyuwun punapa-punapa, inggih mêsthi dipun kanthèni nangis, awit gagasanipun lare: aku nyuwun apa-apa, yèn ora dak rewangi nangis, ora diparingi. Wusananipun kêkajênganipun lare botên sagêd gumolong.

Langkung-langkung manawi kapinujon wontên tamu, lare nganyur-anyur, acung-acung nyuwun sêgahaning tamu wau sarana: ak, uk, sênthak-sênthuk, aku nyuwun iku, nyuwun kae, sapanunggilanipun, punika prayogi dipun srêngêni. Sanajan pun tamu pisan ingkang badhe maringi, inggih dipun pênggaka. Prêlunipun supados pun lare ngrêtosa, bilih patrapipun ingkang kados makatên punika kirang prayogi.

Nanging anu, lo, sampun kok panyuwunipun lare kalajêng botên dipun paringi. Mangke gèk lare mêjanani dhatêng tiyang sêpuh: ah, bapak iku kêrêng, mêdhit, wiki, sasaminipun. Mangke manawi tamu sampun kesah, utawi anggènipun nangis sampun kèndêl, dhasar panyuwunipun lare wau sampun supe, sawêg kemawon barang wau dipun paringakên.

Makatên sapiturutipun, saengga lare botên anggadhahi patrap anganyih-anyih, nanging anggadhahana tindak kanthi antêping manah. (anggêgulang gumolonging kêkajêngan, kaantêpaning kêkajêngan).

Utusan

Sadaya utusanipun tiyang sêpuh, kêdah katindakakên kanthi titi dening lare. Sampun ngantos pun [pu...]

--- 412 ---

[...n] lare purun andorani dhatêng tiyang sêpuh. Upami lare purihkapurih. mêndhêt potlod ingkang wontên ing meja wingking, nanging lajêng mêndhêt ingkang wontên ing meja ngajêng, jalaran ingkang cêlak, utawi murih enggalipun, punika prayogi murih mangsulakên, sarta murih mêndhêt pundi ingkang dipun pundhut kala wau.

Para maos kados botên kêkilapan, bilih wontênipun kathah punika saking sakêdhik, wontênipun agêng saking alit, jalaran saking punika, manawi wiwit lare sampun wani dora dhatêng tiyang sêpuh, benjing dados tiyang sêpuh inggih lajêng dados tiyang umukan, utawi lajêng purun ngapus-apusi dhatêng tiyang sanès.

Saya malih lare ingkang watêkipun mlincur, wani ambalèk prentahing tiyang sêpuh, upami lare nyapu, nyrêbèti kursi lan sanès-sanèsipun, môngka lalelare. botên purun, malah mlajêng. O, punika kêdah kanthi pangrekadaya, ngantos pun lare wangsul purun nglampahi punapa dhawuhipun tiyang sêpuh sarana dipun tênggani. Salêbêtipun lare nyambut damêl, langkung malih manawi dipun jagi, punika lare sampun rumaos dipun ukum, tuwin ngrêtos bilih piyambakipun anggadhahi kalêpatan.

Ing nginggil kula sampun matur, bilih dadosipun kathah punika jalaranipun saking sakêdhik. Amila manawi wiwit lare sampun purun ambangkang prentahing tiyang sêpuh, môngka dipun kèndêlakên kemawon, watêking lare ingkang makatên wau botên badhe sirna, nanging pitados ngrêbdanipun. Benjing dadosipun tiyang sêpuh inggih lajêng wani ambangkang dhatêng lurah utawi pangagêngipun, minggahipun malih dhatêng nagari.

O, mila atur kula, sampun ngantos lare kadunungan wêwatêk ingkang kados makatên (anggêgulang ambangun miturut, andhap-asor).

Anggatosakên

Manawi pun bapa ngèngêtakên: aja nglakoni. Punika tiyang sagriya kêdah saabipraya (sanajan dhawuhing bapakipun wau kirang lêrês) utawi lare sumêdya dolanan bal-balan utawi bandhulan, sanajan dolanan ingkang kasêbut ing ngajêng wau sajatosipun inggih sae, awit ngindhakakên kêkiyatan utawi kasarasaning badan. Ananging tiyang sêpuh botên marêngakên, jalaran kuwatos bokmanawi dhawah utawi sabab sanèsipun. Punika lare kêdah miturut, sampun ngantos pun lare nrajang awisanipun tiyang sêpuh.

Ananging sampun kalintu tampi, lo, sampun kok lajêng sabên lare gadhah kêkajêngan lajêng dipun pênggak. Awit manawi makatên, pun lare badhe dados lêmbèk, botên badhe anggadhahi kamajêngan utawi kêkêncênganing manah.

Namung tiyang sêpuh kêdah prayitna waspada dhatêng kêkajênganipun lare. Sanajan sae nanging punapa badhe awèt tujuanipun, punapa sakintên badhe lêstantun saenipun. Jalaran saking lampah ingkang makatên wau, pun lare lajêng sagêd ambedakakên tindak ingkang awon, utawi ingkang sae. Ingkang sae badhe linampahan, lan kosokwangsulipun ingkang awon botên badhe dipun trajang.

Dados atur kula ing ngriki, namung murih supados pun lare sampun ngantos ambêk kumintêr angadi-adi, [angadi-...]

--- 413 ---

[...adi,] dupèh kêkajênganipun punika pangraosipun lêrês utawi sae, lajêng mancahi utawi nyanthulani dhatêng dhawuhipun tiyang sêpuh. Awit racakipun lare punika namung ambujêng sênêng, botên pisan manah badhe kadadosanipun (anggêgulang andhap-asor, ambangun miturut, pitados dhatêng tiyang sêpuh).

Prayoginipun

Manawi pun biyung kumêcap: aja, môngka lêrêsipun: iya. Dados bab punika sampun têtela manawi biyung ingkang lêpat, punika sampun ngantos pun bapa andukani dhatêng pun biyung wontên ing sangajêngipun lare. Sampun ngantos lare nyukurakên: lah, hara, ta, rak bênêr aku karo ibu, rak pintêr aku karo ibu, sapanunggilanipun.

Sanajana botên kalair, ing batos lare mêsthi gadhah cipta ingkang makatên wau. Makatên ugi sanajan lare katingal marêm, dados adhapur tilêm, nanging têrkadhang lare wau botên tilêm sayêktos, namung rewa-rewa kemawon, satêmah pun lare inggih badhe mirêng.

Amila bokbilih wontên sabab kados ingkang sampun kacêtha ing nginggil, ingkang lajêng kadadosan pun bapa badhe duka dhatêng pun biyung, lan pantês upami biyung tampia dêduka, langkung prayogi manawi lare pinuju botên wontên.

Prêlunipun lare sampun ngantos ngrumaosi, aku luwih pintêr. Dados wosipun ing ngriki namung supados pun lare sampun ngantos kumintêr, nanging anggadhahana rumaos: aku iki bodho. (Anggêgulang andhap-asor).

Tatakrama

1. Ing sasagêd-sagêd lare sampun ngantos ngoko dhatêng andhahanipun (upami rencang), sampun ngantos ambêk priyantun, utawi anggadhahi ciptan: dhuwur (luhur) aku tinimbang kae.

Manawi wiwit alit lare sampun kadhasaran ambêk kêmluhur, kados badhe kirang prayogi kêdadosanipun. Awit wantuning wêwatêkan ingkang makatên wau, sisip-sêmbiripun asring nyimpang saking bakuning tatakrami.

Upami sampun dados priyantun, nanging tiyang sêpuhipun namung dados tiyang tani utawi kuli, dupèh badanipun kasinungan pangkat, lajêng botên purun angaosi dhatêng tiyang sêpuhipun. O, têka eman, upami makatêna.

Amila wiwit alit, prayogi kajagia, sampun ngantos lare anggadhahana ambêk: kumaluhur.

2. Manawi wontên ing panggenanipun pêpundhèn (upami masjid) sampun klilan lare lajêng dlajigan, sampun ngantos tanpitanpa. agami. Sanajan taksih alit, lan dèrèng mangêrtos, nanging prayogi dipun èngêtakên, awit ngrêtosipun lare punika saking tiyang sêpuh. Nanging anggènipun ngèngêtakên wau, sampun ngangge sabab gugon tuhon, nganggea wêwaton ingkang lêrês.

Dados sampun ngantos upami sowan dhatêng lêlurah utawi pangagêngipun, lajêng tanpa ormat, malah dhatêng sintêna kemawon ingkang pantês utawi wajib dipun urmati, sampun atilar kaurmatan.

Sunardi. G.d. Tamanrêja.

--- 414 ---

Sawênèhing Masjid ing Mêsir

[Grafik]

Saangsluping srêngenge, isèn-isèning donya namung kantun lamat-lamat, griya agêng-agêng namung kantun rêgêmêngipun kemawon, nanging tumraping masjid, sanadyan kêtingalipun namung ngrêgêmêng, nanging ing nglêbêt kêbak jiwa ingkang gumrênggêng araos kasucian.

--- 415 ---

Cariyos Wigatos

Kawontênanipun Sophyèt Ruslan ingkang Sajati

Candhakipun Kajawèn ôngka 20.

XVI.

Pêthikan saking sêrat kabar A.I.D.

Tatananing pamarentah.

Cara ingkang makatên punika, miturut sêratanipun Tuwan Baars ing ngajêng, sampun katindakakên ing pundi-pundi, saha ugi katindakakên tumrap pakêmpalan-pakêmpalan tunggil damêl, kopêrasi lan bêbadan-bêbadan sanèsipun sadaya. Manawi dipun wontênakên parêpatan ing pundi kemawon, punapa ingkang badhe dipun rêmbag wontên ing parêpatan wau, sadèrèng-dèrèngipun sampun dipun têmtokakên langkung rumiyin, sarta punapa ingkang dipun wontêni ing tiyang ingkang nama putusaning parêpatan, punika sajatosipun wiwit bikakipun parêpatan sampun sumèlèh, wontên ing mejaning pangarsa.

Dados wêkas-wêkasanipun sadaya panguwasa punika dipun cêpêng dening komite-komite parte ingkang sandi wau. Kados ing ngriki wontên gunanipun, anyariyosakên kadospundi caranipun komite-komite wau anindakakên kuwajibanipun, tuwin bangsanipun tiyang punapa ingkang sami nyambut damêl wontên ing ngriku.

Manawi nitik kawontênanipun têtiyang ingkang nyambut damêl wontên ing ngriku cacahipun sadaya kirang langkung wontên 50000, punika lajêng kenging katêmtokakên, bilih tiyang kathahipun samantên punika, botên sagêd manawi sadayanipun wau bôngsa komunis lami, awit sadèrèngipun gegeran ing wulan Oktobêr, cacahipun komunis dèrèng samantên kathahipun.

Têtiyang komunis lami punika, ingkang sami nyumêrêpi sabab-sababipun anggèning sami amêrangi dhatêng sadaya pranataning Raja Ruslan, sarta ingkang kenging kawastanan para pêpilihan ingkang ngêmpal wontên ing bêbadan-bêbadan sentral sawatawis. Tumrap bagian ingkang agêng, punggawa-punggawa parte wau sami têtiyang ingkang lumêbêt dados liding parte, salêbaripun taun 1917, malah ingkang kathah sami sasampunipun taun 1921, dados têgêsipun: têtiyang ingkang mêntas dados komunis, sasampunipun partening komunis dados partening pamarentah, malah sasampunipun parte komunis wau ngasorakên mêngsahipun saha sasampunipun kêkah panyêpêngipun praja. Ingkang makatên wau mila inggih pancèn prêlu sangêt, amargi botên wontên tiyang sanès-sanèsipun ingkang kenging dipun pigunakakên, lan badhenipun ing pundi-pundi panggenan ingkang partenipun komunis angsal kamênangan. Ingkang makatên wau inggih prêlu sangêt, amargi ing pundi-pundi kemawon cacahing têtiyang komunis ingkang sajati punika namung sakêdhik sangêt. Dados panguwasa lajêng dipun cêpêng babarpisan dening amtênar tuwin para punggawa, ingkang tampi balônja jalaran anyêrati dalancang tumrap kaprêluanipun kaum komunis, ingkang angsal pangawasa, inggih punika ingkang dipun bandara-bandara minôngka gêgêntosing lurahipun lami, sarta jalaran saking makatên wau sampun tamtu punapa ingkang dipun tindakakên botên kenging dipun cacad. Bilih kalêrêsan inggih sok sagêd angsal tiyang ingkang sae utawi têmên.

Ananging ing Ruslan para amtênar lan punggawa wau, sami têtiyang saking golongan mawarni-warni, ingkang umumipun sami pintêr ginêman, tuwin kasagêdanipun langkung sakêdhik tinimbang ngêmungakên nyêrat saha maos kemawon (ing Ruslan tiyang ingkang makatên wau botên kathah) limrahipun têtiyang ingkang gadhah pangarah sumêdya angrêbat pangawasa, lan kathah sangêt bangsaning lare-lare, ingkang suwaunipun sami tumut ing pakêmpalaning para lare. Campuring tiyang-tiyang ingkang makatên wau, samangke ingkang nyêpêng panguwasaning praja ing tanah Ruslan.

Têtiyang ingkang sami dados komunis sasampunipun wontên gegeran, punika namung ing bab satunggal ingkang sami cocog sadaya, inggih punika angsalipun kasagêdan tuwin kawêgigan punika saking sêrat-sêrat sêbaran tuwin sêrat-sêrat kabar, sarta kawruhipun tumrap kawontênanipun donya, punika saking karangan-karangan dêdamêlan ingkang sok ngubêng-ubêng kawontênan ingkang sajatosipun.

Kabodhoanipun têtiyang wau, kajawi bab prakawis parentah-parentahing pangrèhipun parte lan pêrslah-pêrslah konggrès komunis, punika prasasat tanpa wangênan, agênging kabodhoanipun wau sami kemawon kalihan anggènipun sok sami angêdir-êdirakên. Kadospundi mênggahing kadadosanipun tumrap têtiyang ingkang candranipun makatên wau, manawi têtiyang wau botên ngêmungakên sagêd marentah sakajêng-kajêng pintên-pintên taun laminipun, ananging salaminipun ugi tansah dipun lêrêsakên. Amargi miturut salah satunggalipun ancasing komunis ing Ruslan, sintên ingkang wani ambantah dhatêng cabanging parte, punika ugi karêngkuh anêmpuh dhatêng komunismê, pamrentahing Sopyèt lan sadaya pranatanipun. (Badhe kasambêtan)

--- 416 ---

Kabar Prêlu

Burgerlijke stand Tiyang Siti

Saking jalaran dèrèng kêlimrah dipun sumêrêpi ing têtiyang siti, tuwin jalaran namung sakêdhik ingkang anggatosakên dhatêng pranataning Burgerlijke stand tiyang siti, ingkang wiwit tumindak ing tanggal 1 Januari 1928, dhirèktur dhepartêmèn yustisi ngintunakên sêrat sêbaran dhatêng para bupati ing tanah Jawi tuwin Madura, kajawi tanah karajan Jawi, ingkang suraosipun makatên:

Dhepartêmèn yustisi anampèni panuwuning bupati-bupati, supados kakintunan katrangan ing bab pranatan ingkang kawrat ing sêtatsêblad 1920 No. 751 sawatawis lêmbar, prêlu badhe dipun paring-paringakên dhatêng para pangagêng dhistrik tuwin ondêr dhistrik, paedahipun supados para amtênar tiyang siti sagêd anggiyarakên langkung gambêlang ing bab pranataning Burgerlijke stand tiyang siti ing bawahipun piyambak-piyambak. Ananging sarèhning katrangan-katrangan wau botên kathah pangêcapipun, mila panuwunanipun para bupati wau botên sagêd kasêmbadan.

Saking pangraosipun dhepartêmèn, botên prêlu mênggah tumrapipun amtênar liya-liyanipun (ingkang dede amtênar Burgerlijke stand) kêdah nyumêrêpi sadaya pranatan-pranataning Burgerlijke stand wau. Miturut ing panimbanging dhepartêmèn, amtênar-amtênar wau namung kêdah nyumêrêpi pranatan-pranatan ingkang wigatos kemawon, tuwin ingkang kêdah dipun limrahakên ing dhusun-ngadhusun wêwêngkonipun. Sambêt kalihan bab wau, pranatan-pranatan ingkang wigatos ing bab Burgerlijke stand tiyang siti, ingkang kenging dipun cariyosakên kalihan para amtênar B.B. tuwin salajêngipun ingkang kêdah kawaradinakên ing dhusun-ngadhusun wêwêngkonipun, urut-urutanipun kapratelakakên kados ing ngandhap punika:

1. Tumrap golongan punapa tumindakipun pranatan Burgerlijke stand punika.

2. Sintên ingkang dados amtênar Burgerlijke stand tiyang siti, ingkang wajib anampèni palapuran ing bab lairing bayi tuwin tilaripun tiyang siti.

3. Manawi wontên bayi lair, bapakipun lare wau ingkang dipun wajibakên lapur dhatêng amtênar Burgerlijke stand.

4. Manawi bapa ingkang lapur kalairan wau dèrèng gadhah nama sêpuh, kêdah adamêl nama sêpuh ingkang têtêp.

5. Manawi wontên tiyang tilar donya, ingkang kawajibakên lapur prakawis tilar donya wau, tiyang ingkang sampun ngumur tuwin ingkang nunggil sagriya kalihan ingkang tilar donya.

6. Manawi nglapurakên bab kalairan, tuwin nêtêpakên nama sêpuh, tiyang ingkang lapur wau kêdah pinanggih kalihan amtênar Burgerlijke stand kanthi tiyang kêkalih ingkang sampun ngumur 21 taun minggah.

7. Nglapurakên ing bab tilar donya, kenging namung ambêkta saksi satunggal kemawon.

--- 417 ---

8. Lapur ing bab lair tuwin tilar donya dhatêng amtênar Burgerlijke stand punika kêdah tumindak kasèp-kasèpipun 10 dintên, sasampunipun pinanggih wontên bayi lair utawi wontên tiyang tilar donya.

9. Tiyang-tiyang ingkang dipun wajibakên nindakakên palapuran wau, bilih sêmbrana botên nêtêpi wajibipun, dipun gantungi ing paukuman dhêndha f 100,- (miturut bab 529 ing buku undhang-undhang ukum).

Kajawi punika, dhepartêmèn nêrangakên, bilih parap ing rêgistêr Burgerlijke stand punika botên kenging ngangge tôndha tangan tuwin tôndha cap, kêdah dipun sêrat ingkang têrang.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Observatorium ing Wèltêprèdhên, kala malêm Sêtu, jam 1.29 amèngêti wontên lindhu agêng ingkang pinangkanipun saking kilèn, têbihipun 2000 K.M. Ing Kotaraja dalu wau jam 1, ugi kraos wontên lindhu, nanging botên patos kraos.

Parêpataning para kumite, badhe wontênipun Pasar Gambir ing taun punika wontên ewahipun sawatawis, ing golongan kagunan Indhiya, têtanèn tuwin pambranahan rajakaya, dipun papanakên ing ngajêngan, ing papanipun lami badhe dipun dêgi tèntunsêtèling pèrês, buku-buku tuwin oto. Ingkang rumiyin papan dhansah tuwin rèsturan, badhe dipun dêgi pêpêthan pêkên ing nagari Walandi cara kina tuwin rèsturan adhapur raadhuis.

Pambantu Kajawèn ing Kudus ngabarakên, bilih nalika dhawahing kasangsaran panjêblugipun pabrik long, griyanipun ingkang têbihipun saking papan kasangsaran wau wontên 150 mètêr, ugi katut risak, jalaran kadhawahan kajêng-kajêng saking pabrik wau. Sangajênging griyanipun kêdhawahan kêlokopan sirah tiyang, ing wingkingipun wontên tugêlan gêgêr tiyang, ing pakampungan sanès-sanèsipun ugi kathah griya karisakan, ingkang jalaran saking kasumuban bantêring swara.

Radèn Ayu Sangkaningrat, garwanipun ingkang bupati ing Bandhung, ing pungkasanipun wulan punika wangsul angajawi saking nagari Walandi, awit miturut saking papriksaning dhoktêr, botên kuwawi kataman hawa asrêp wontên ing nagari Walandi, kaprayogèkakên kondur kemawon. Makatên ugi sêdyanipun badhe minggah kaji dhatêng Mêkah inggih kasandèkakên, inggih jalaran saking kiranging kasarasanipun wau. Ing tanggal 9 tindakipun sampun dumugi ing Marseille nitih kapal Christiaan Huygens kintên-kintên dumuginipun ing Tanjungpriuk wontên tanggal 31.

Yong Yapa ngawontênakên parêpatan wontên ing Logegebouw, ngrêmbag: 1. Ewah-ewahan wangsulan Nationaal, ingkang mêdhar sabda Radèn Tumênggung Jaksadipura, sêtudhèn pamulangan luhur pangadilan. 2. Tumandanging golongan putri ing Indhiya, ing bab kamajêngan dening Nonah Maryam, tuwin 3. Indonesische Nationaliteit dening Tuwan Musimun, setudhèn pamulangan luhur dhoktêr. Satamatipun mawi dipun wontênakên pêthilan ringgit tiyang.

Radèn Tumênggung Ahmad, bupati ing Mèstêr Kornèlis, wontên wartos kaparêngakên pêrlop dhatêng Eropah, tindakipun sakulawarga wontên tanggal 30 Mèi, nitih kapal P.C. Hooft. Sagêd ugi salêbêtipun pêrlop dipun wakili Radèn Adinagara, patih ing Mèstêr Kornèlis. Lamining pêrlop badhe sataun, dene punapa ingkang badhe kasêdyakakên wontên ing Eropah, dèrèng kawêdhar.

Para suradhadhu Mênadho Wuntu lan Weenas ingkang jalaran tumut adamêl gegeran kumunis ing taun kapêngkêr punika, kaukum pêjah, dening pangadilan luhur militèr ukumanipun wau dipun ewah dados: Wuntu kaukum kunjara limrah 10 taun, kaukum kunjara cara militèr 10 taun, Weenas kaukum kunjara limrah 10 taun, kaukum kunjara cara militèr 9 taun, ukuman samantên wau kanthi kapotong kalanipun dipun tahan wontên ing pakunjaran.

Wontên pawartos, bilih ing dintên Kêmis wulan Juli ngajêng punika, ing Surabaya badhe kabikak pamulangan calon dhoktêr untu Indiya. Pamulangan wau badhe dipun wiwiti mawi murid 30, dene ingkang katampi ing pamulangan punika, para mudha ingkang sampun tamat pasinaonipun wontên ing Milo (Mulo), para murid ingkang katampi

--- 418 ---

ing ngriku lare sadaya bôngsa. Pamarentah anyadhiyani birên kangge lare sakawan, inggih punika lare-lare ingkang botên sagêd mragadi sêkolahipun. Pambayaranipun sêkolah f 15 ing sawulanipun, danguning sêkolah 5 taun, ingkang 4 taun kawulang ing bab teorinipun, sataunipun malih kawulang praktikipun.

Kala tanggal 10 wulan punika, Tuwan Mr. De Wit dipun cêpêng, jalaran dipun dakwa, ing salêbêtipun taun 1925 nyalingkuhakên arta, asli tagihan nalika piyambakipun dados pokrul Loemadjang Import tabak Mij.

Rêsèrsê candu ing Medhan, mêntas ambêskup candu pêtêng wawrat 2400 rêgi f 65.000.- wontên ing kapal van Heutsz.

Lanrèhtêr ing Bandhung mêntas andhawahakên karampungan, ukum dhêndha dhatêng tiyang nama Epharim jalaran nindakakên padamêlan anjampèni, ingkang piyambakipun botên wajib.

Saking Ngayogyakarta kawartosakên: Botên watawis dangu malih Ki Hajar Dewantara (kala rumiyin nama Suryaningrat) panuntuning insêtutut Taman Siswa ing Ngayogyakarta badhe adamêl sêsorah ngantos rambah kaping tiga, kaping kalih wontên ing ngarsa dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara saabdi dalêm sadaya ing bab pangajaran tumrap kabangsan. Ingkang sapisan, ing bab pranatanipun amulang gêndhing Jawi, inggih punika wontên ing pakêmpalan kagunan Jawi Mardi Guna ing Surakarta.

Katêtêpakên dados asistèn wadana ing Buwayan, apdhèling Kêbumèn: Radèn Admasuwita, mantri pulisi Têgalrêja, samangke lirling ing pulisi sêkul ing Sukabumi.

Miturut sêrat palapuran sêsakit pès, wiwit tanggal 19 dumuginipun tanggal 25 Pèbruari, têtiyang ing Têmanggung ingkang nêsirangkasêrang. sêsakit wau, wontên 61, sadayanipun sami tiwas.

Bôngsa Tionghwa ing Kudus adamêl parêpatan dipun pangarsani Tuwan Tan, prêlu badhe ngwèntênakênngwontênakên. urunan kangge mitulungi kasangsaran ing Kudus. Wohipun sanalika kemawon sampun angsal arta f 1000,- malah wusananipun dasedados. f 1570,-

Ing bab ewah-ewahan kalênggahan ing rad kawula tumrap têtiyang siti, saèstu badhe adamêl utusan dhatêng nagari Walandi, supados sagêd andayani dhatêng pursêtèl wau. Artanipun waragad sampun wontên, nanging dèrèng dipun têtêpakên pangkatipun.

Saking Surulangun (Palembang) kawartosakên, bilih kala tanggal 6 Marêt ingkang kapêngkêr punika, Asistèn Dêmang Mruwitrawas, pangkat dhatêng paresidhenan Kêdhu, prêlu ngupados kuli, ingkang badhe dipun mara damêlakên wontên ing margi-margi.

Kawisudha dados wadana ing Kaloran, apdhèling Têmanggung: Mas Suwignya, ing suwau asistèn wadana ing Pakis, dhistrik Têgalrêja, apdhèling Têmanggung.

Kala nipundipun. wontênakên èksamên kangge ing pamulangan calon guru bantu ing Ambahrawa, para kandhidhat ingkang sami anêmpuh ing èksamên wau wontên lare 233, inggih punika para murid wêdalan pamulangan cacahipun 67, ingkang kathah saking pamulangan-pamulangan ing Ngayogyakarta, Surakarta, Kêdhu, lan Sêmarang, lare samantên wau ingkang katampi namung wontên 54.

Gêmintê rad ing Palembang botên purun nyambutdamêl sêsarêngan kalihan burgêrmistêr. Nalika sawêg parêpatan, para lid bôngsa Eropah lajêng bibaran sêsarêngan nilar tuwan burgêrmistêr.

Angsal-angsalanipun S.S. ing salêbêtipun wulan Pèbruari kêpêngkêr wontên f 4.557.418. Tinimbang wulan Pèbruari taun kêpêngkêr, kathah sapunika, langkungipun wontên f 364.984.

Gêdhong landrad ing Sukabumi mêntas dipun bobok ing durjana, ngrisak kori kamaripun presidhèn, ing ngriku wontên pêthinipun tosan, nanging botên dipun risak. Wontên tatah gamaning durjana ingkang kantun.

Pamulangan ôngka kalih ing Waru, Madura, wiwitipun kabikak ing taun 1910, dèrèng nate wontên muridipun èstri, sarêng ing taun pangajaran 1927-1928 wiwit wontên. Sakawit namung satunggal, dangu-dangu wêwah, ngantos wontên gangsal. Sêkolahan dhusun ing dhistrik wau ugi wontên muridipun èstri, dados wiwit punika kêtingal majêng. Ing pamulangan ôngka kalih wau, wontên murid 5 ingkang lulus pandadaran guru dhusun, wontên ingkang sampun dipun têtêpakên. Mêntas wontên satunggal, ingkang malêbêt pandadaran pamulangan normal ing Jêmbêr. Ing taun punika kabaripun ing pamulangan wau dipun wêwahi klas V. Ing dhistrik Waru punika kajawi pamulangan ôngka kalih, wontên pamulanganipun dhusun 5 panggenan.

Pawartos Saking Administrasi

Lêngganan nomêr 1807 ing Bojanagara. Kajawèn nomêr 1 dumugi 8 sampun têlas. Lêngganan kapetang wiwit 1 Pèbruari 1928.

Lêngganan nomêr 1791 ing Klumprit, Kroya. Pangajêng-ajêngipun Kajawèn pancèn makatên. Manawi ngintunakên karangan dipun ngalamatana dhatêng: rêdhaksi Kajawèn Wèltêprèdhên.

Pêpèngêt dhatêng para manjurung.

Sampun pisan-pisan ngintuni karangan kasêrat ing dalancang molak-malik, punika adamêl rêndhêting panggarap, awit pancèn kenging dipun garap ing tiyang kalih, manawi dipun sêrat makatên, kêpêksa namung dipun garap ing tiyang satunggal. Wiwit sapunika manawi wontên ingkang manjurung taksih dipun sêrat molak-malik, manawi botên prêlu sangêt, badhe botên kapacak, kauningana.

--- 419 ---

Wêwaosan

Sêsupe Agêmipun Rajaputri ing Seba

23

7

Kula sadaya lajêng sami pandêng-pandêngan, Orme lajêng awicantên: yèn wong-wong kae nêmpuh, ayo padha dilabrag. He sêrsan Quick untamu sadhiyakna ing ngarêp, yèn si gêntho Josua kae nyoba nindakake sing ora bêcik, tumuli bêdhilên bae êndhase.

Ingkang makatên wau, tumrapipun Quick botên mawi dipun cariyosi malih, bokonging unta lajêng dipun gêbag mawi poporing sanjata, saha lajêng têrus amurugi dhatêng Josua.

Quick wicantên santak: He, minggir bajingan têngik. Jalaran saking punika, kapalipun Pangeran Josua dados kagèt sangêt, saha lajêng ngadêg, ingkang numpak ngantos kêplorod dumugi buntut dhawah ing siti. Kawontênan ingkang kados makatên punika, ingatasing pangeran ingkang nuju mangagêm sarwa sae, inggih kêtingal mêmêlas sangêt.

Kula sadaya lajêng ngêpung sang sultan, saha lajêng anggarubyug tindakipun dhatêng panggenaning punggawa kêkalih ingkang kantun. Kala punika punggawa kêkalih wau bandhangan murugi kula sadaya, amargi sumêrêp bilih wontên bêbaya.

Sultan Barung angandika: sangêt ing panarimah kula. Nanging o mitra kula têtiyang mônca, mugi mitulungana kula malih, wangsula dhatêng panggenaning babi ingkang nyandhang kaprajuritan, lan cariyosa dhatêng piyambakipun, bilih Barung sultaning têtiyang bôngsa Fung, sagêd nitik saking kalakuanipun Pangeran Josua, piyambakipun sumêdya prang tandhing kalihan kula. Sampeyan prasabêna, sanadyan samangke kula botên ngangge kêre, kula sumêdya ngladosi punapa ingkang dados pikajênganipun.

Sanalika kula inggih lajêng pangkat, badhe nyariyosakên wêwêlingipun wau, ananging Pangeran Josua sakalangkung julig nindakakên padamêlan ingkang ambêbayani punika.

Wangsulanipun Pangeran Josua, bilih botên wontên ingkang adamêl kasênênganing galihipun, kajawi nigas jangganipun tiyang kapir punika. Ananging rumaos cilaka sangêt, dene salah satunggiling tiyang mônca punika sagêd damêl dhawahipun sang pangeran saking kapalipun, lan sang pangeran karaos sakit sangêt, ngantos prasasat botên sagêd ngadêg, amila tumrap ing wêkdal punika, ingatasipun prang tandhing, botên kuwagang babarpisan.

Kula lajêng wangsul sowan dhatêng sultan malih, ngaturakên wangsulan makatên punika. Sultan Barung botên ngandika punapa-punapa, ngêmungakên mèsêm kemawon. Sang prabu lajêng lukar sangsangan kaparingakên dhatêng Quick. Miturut pangandikanipun, amargi pun Quick sampun nyatakakên mênggahing kasagêdanipun nênumpak tuwin kêkêndêlanipun. Sasampunipun sang sultan lajêng andhingkluk urmat dhatêng kula sadaya urut satunggal-satunggal, lan sadèrèngipun tiyang Abati adamêl karampungan nêmpuh utawi botên, sang sultan sampun anggêblas ambandhangakên titihanipun nuju dhatêng Harmac.

Makatên mênggah pitêpangan kula kalihan Sultan Barung ratuning têtiyang Fung.

8. Ayang-ayanganing kasangsaran.

Lampahipun saking papan ingkang andhap wau lajêng minggah, saha sadumugining margi ingkang anjog papan inggil ing Mur, papanipun kêtingal anggumunakên sangêt. Kula ngantos gadhah gagasan, punapa inggih ing donya punika wontên papan ingkang dipun dunungi ing manungsa, ingkang elok sangêt, primpên tinêbihan ing mêngsah, ingkang dumados saking kodrating alam, kados makatên. Margi-margi ingkang kalangkungan punika, bokmanawi kala rumiyin lèpèn-lèpèn, ingkang mili saking rêdi mangandhap, anjog ing rawa, saha ing kinanipun ngêlêbi papan ngriku, ananging samangke jêmbaripun namung wontên ukuran panjang 20 tuwin wiyaripun 10 pal. Lan bokmanawi ing têmbe, têtiyang ingkang sêpuh-sêpuh ingkang badhe ngrampungakên margi wau, dene dumuginipun kala punika, dêdamêlanipun têtiyang wau taksih cêtha.

Kalih pal ing wiwitan, marginipun wiyar saha botên patos minggah sangêt, mila kala rumiyin kapal tumpakan kula sagêd bêbandhangan kanthi sakeca. Ing panggenan ingkang kala satunggaling dalu kula badhe dipun rangsang ing singabarong, ing ngriku marginipun malih babarpisan, kadhang-kadhang marginipun ciyut sangêt, ngantos tiyang kêdah lumampah urut kacang ing sasêlaning sela ingkang inggilipun wontên atusan kaki, sanadyan ing wanci siyang, margi wau inggih pêtêng. Ing papan sanès-sanèsipun [sanès-sanèsi...]

--- 420 ---

[...pun] malih, marginipun ciyut saha anjojog dhatêng jurang, ngantos kewan-kewanipun momotan botên sagêd lumampah, malah kula sadaya kêpêksa mudhun santun numpak kapal, ingkang sampun kulina ngambah ing margi-margi ingkang kados makatên. Saantawis malih marginipun urut têmbinging jurang ingkang lêbêt sangêt, saha sakalangkung ambêbayani kangge tiyang nênumpak tuwin ngingêrakên têtumpakan. Wontên ing papan ngriku, sanadyan namung tiyang kalih wêlas, sagêd anglawan prajurit pintên-pintên kathahipun, salajêngipun kula ngambah ing trowongan kêkalih, ingkang kula botên mangrêtos, dêdamêlaning tiyang punapa sanès.

Kajawi punika, ing ngrika-ngriki wontên gapura-gapuranipun ingkang santosa-santosa tuwin wontên manara-manaranipun, ingkang rintên dalu wontên tiyangipun jagi. Jalaran saking kawontênan ingkang makatên punika, têtiyang Abati ingkang bakunipun jirih-jirih wau, sagêd anjagi siti-sitinipun, ingkang dipun têmpuh ing têtiyang Fung ingkang kêndêl-kêndêl.

Kajawi punika, taksih wontên margi kalih sanèsipun, ingkang anjog ing Mur, ananging margi-margi wau inggih sami kemawon botên kenging dipun ambah, punapa malih manawi mêngsah nêdya nêmpuh saking ngandhap.

Kula sadaya wau amujudakên arak-arakan ingkang lucu. Para nayaka sami mangangge ingkang sarwa muyêk, dene kula têtiga, sampun botên nate adus-adus, kathik panganggenipun pating srompal.

Sanadyan Orme dumuginipun ing wêkdal punika ragi sagêd nahan sakitipun, ananging kala punika kula sagêd sumêrêp cêtha, bilih jalaran saking pambalêdhosing dhinamit punika, piyambakipun nandhang sakit sayêktos. Anggènipun numpak unta dipun jagèni tiyang kêkalih supados botên dhawah saking tumpakanipun.

Makatên ugi panggagasipun dhatêng Higgs ingkang kêpêksa katilar lan badhe dipun pêjahi kanthi siksa ingkang sangêt, ugi andadosakên trênyuhing manahipun. Kados punapa mênggah raosing manah kula, punika sampun cêtha, amargi kula botên ngêmungakên kecalan mitra kemawon, ananging ugi kecalan anak kula piyambak.

Wadananipun sang putri kala punika botên katingal, amargi kudhungipun dipun tutupakên, ananging mirid saking solah-bawanipun, kula inggih sagêd nitik manawi sang putri ugi agêng sungkawanipun. Makatên ugi anguwatosakên dhatêng kawontênanipun Orme, amila sakêdhap-sakêdhap inggih mriksani dhatêng Orme. Pangeran Josua ingkang dhawah saking kapal, katingalipun inggih botên kêtingal sangêt tatunipun, kados ingkang sampun kawartosakên ing ngajêng, jalaran nalika dumugi papan ingkang ciyut saha marginipun minggah sangêt, sang pangeran lajêng mudhun saking kapalipun, tuwin lumampah anyarêngi kapal rêrikatan, makatên ugi kêtingal anggènipun botên cocog kalihan kula sadaya, langkung-langkung dhatêng Quick saya kêtingal sêngit sangêt. Saupami tingalipun sagêd amêjahi kula sadaya, bokmanawi kula sadaya botên sagêd dumugi ing Mur kanthi wilujêng.

Dangu-dangu kula sadaya sagêd dumugi ing Mur, têtiyang Abati sami dipun pêthukakên ing anak semahipun kanthi bingah-bingah, tuwin sami surak-surak rame kalihan ngêtutakên turut margi. Sanalika punika Quick lajêng angêlokakên, wicantênipun: sajake wong-wong Abati kuwi kaya mêntas têka saka paprangan gêdhe, lan unggul ing pêrang.

Wicantênipun wau mawi kasambêtan makatên: kalane aku biyèn bali saka pêrang musuh wong Boer, kang mêthukake têka mung biyungku dhewe. Calathune biyungku, dhèwèke duwe pangarêp-arêp, supaya aku aja anglakoni edan-edanan manèh, mangkono panyêbute biyungku tumrape marang wong kang dadi prajurit, lan pangarêp-arêpe supaya aku sabanjure têntrêm urip ana ing omah bae. Adhuh, adhuh, yèn aku andêlêng kaanane wong Abati iku aku ênêk têmênan, muga-muga wong Abati mekrada kabèh. Seje karo Sultan Barung, kae wong sing cocog karo atiku têmênan.

Salajêngipun kula sadaya dumugi ing alun-alun agêng pasagi, ingkang kêtuwuhan ing sêsêkaran saha wit-witan. Ing ngriku wontên sasêlaning parêdèn, mila hawanipun sakeca sangêt, lan jalaran rêdi ingkang inggil-inggil punika sagêd nênarik dhatênging jawah, mila kawontênanipun pasitèn ing ngriku inggih loh. Ing sisihing alun-alun wontên griyanipun pêthak andhap, ananging panjang, mawi palêngkung-palêngkung pradan. Griya wau kinupêng ing tembok sap kalih mawi jagang, bokmanawi tembok wau prêlu kangge anjagi panêmpuhing mêngsah.

Inggih griya wau karatonipun. Nalika kula wontên ing ngriku kala rumiyin, namung dipun lilani malêbêt ing kadhaton wau sapisan kaping kalih kemawon. Para tiyang ingkang apangkat agêng, griyanipun sami manggèn ing sakubênging alun-alun, ing sabên pakarangan wontên pakêbonanipun. Ragi mangilèn sakêdhik wontên griya-griyanipun umum, kados ta griya pakêmpalan. Griya pakêmpalan wau, wêwangunanipun miturut sêrat katranganing candhi, yêyasanipun Kangjêng Nabi Suleman ing Jerusalem nanging ing ngriku alit.

Sadumugining gapura karaton, kula sadaya lajêng kèndêl. Pangeran Josua lajêng nyuwun pitakèn dhatêng sang putri kanthi ngontog ing galih, punapa sang pangeran dipun parêngakên ngirit kula sadaya dhatêng griya tamu, ingkang dunungipun wontên sakilèning kitha.

Sang putri angandika: O, botên paman, priyantun mônca têtiga punika kajêngipun manggèn ing griya pamondhokan ing karaton, ingkang salaminipun kasuwungakên kangge papan pamondhokanipun para tamu kula sadaya. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 22, 25 Pasa taun Jimakir 1858, 17 Marêt 1928, Taun III.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên

Sêngsêming Lèpèn Brantas, Sacêlakipun Malang

[Grafik]

Lèpèn ingkang kathah selanipun, nandhakakên manawi lèpèn tanah parêdèn, pating janggênêking sela ingkang kakum ing toya, anumusi kados atising manahipun tiyang ingkang ningali.

--- 422 ---

Raos Jawi

Bab kamardikaning lair lan batos

Ing jaman samangke têmbung: mêrdika punika asring dados rêmbagipun ngakathah, prasasat kêsandhung jêkluk mungêl: mêrdika, wahing nyêbut: mêrdika. Kados sampun kabêkta saking ingêring jaman, bab kamardikan wau tansah dados ancêr-ancêring sadaya lampah ingkang katindakakên dening sadaya bôngsa utawi golongan.

[Grafik]

Pandhita ingkang panggalihanipun sampun mardika.

Mênggah têgêsing têmbung: mêrdika punika manawi kamanah tuwin katlusur sarana alusing angên-angên ingkang sawatawis mênêb, jêmbar tur lêbêt sangêt suraosipun. Pancènipun mêrdika punika manawi katiti kanthi tataning manah, kalêbêt ewonipun sarananing gêsang, inggih punika gêsangipun sadaya maujud ing ngalam punika sadaya, kados ta upaminipun: bôngsa kewan utawi têtuwuhan ingkang gêsangipun botên mêrdika, tartamtu botên sagêd sae utawi botên sagêd lêstantun gêsangipun.

Wondene kamardikan ingkang dados ancêr-ancêring sadaya lampah ingkang katindakakên dening sadaya bôngsa punika, rêringkêsanipun kenging katata kados makatên: 1. kamardikaning nagari utawi paprentahan, 2. kamardikaning pangupajiwa, 3. kamardikaning gêgriya, lan 4. kamardikaning badan utawi raga. Punika sadaya kawastanan: kamardikan babagan ing lair.

--- 423 ---

Mênggahing raos Jawi, ingkang dipun wastani mardika punika para pandhita, awit sampun kalis godhaning donya.

Kamardikaning lair punika warni-warni rekaning tiyang anggènipun anggayuh, manut ingkang dados kamantêpaning manah kanthi sêsêrêpanipun piyambak, namung tiyang ingkang jêmbar kawruhipun anggèning anggayuh kamardikan wau sarana tlatos, botên kêkathahên rêmbag nanging ajêg anggènipun lêstantun tumindak kanthi tata têntrêm botên adamêl kapitunaning sanès. Kamardikaning lair punika prêlu sangêt dipun gayuh ingkang ngantos kalêksanan. Mila ugi nami: wajib, awit punika dados sarana kasampurnaning gêsang kita wontên ing ngalam donya.

Mênggah suraosing têmbung: mêrdika punika ingkang lugu namung: ngêrèh, liripun botên ngêrèh utawi kalêndhih dening patrap utawi dayaning sanès, sadaya kabêtahan botên gumantung saking sajawining wêwêngkon piyambak, mila ugi kenging katêmbungakên: jumênêng pribadi. Mandar sagêd ngêrèh utawi kadhêsêk.

Manusa ingkang sampun kasêmbadan sagêd manggèn wontên ing alam kamardikaning lair, punika punapa sampun cêkap tumrap kasampurnaning gêsangipun. O, taksih dèrèng. Manut wêwatêkanipun donya ingkang gumêlar punika, sadaya kawontênan masthi ngalih warni ingkang watakipun kosokwangsul. Pramila bilih wontên kamardikaning lair, inggih wontên kamardikaning batos. Kamardikaning lair tuwin kamardikaning batos punika kêdah kaudi sêsarêngan, awit manawi namung kamardikaning lair kemawon ingkang kagayuh, kamardikaning batos botên, punika taksih dèrèng nyêkapi tumrap kabêtahaning kasampurnanipun gêsang, jalaran manawi gothang salah satunggal, wêkasanipun sagêd andadosakên kapitunan ingkang agêng.

Wondene kamardikaning batos punika langkung rumpil, alus tur lêbêt sangêt katranganipun tinimbang kamardikaning lair. Mila sagadug-gadug kula sawatawis badhe kula jalèntrèhakên, kados makatên: sampun nyata sangêt bilih ingkang nami batos punika panggenanipun wontên ing lêbêt, alus ingkang botên kenging ginrayang utawi kasat mripat, mila kados sampun mathuk saupami namung kula anggêp: hawa kemawon. Ing salêbêting hawa punika wontên barang alus malih ingkang nami: napsu, ingkang dados pirantos gêsanging manusa utawi kewan, ingkang limrah kawastanan: hawa napsu. Bedanipun kewan kalihan manusa, bilih manusa kasinungan pirantos sanèsipun malih ingkang nami: ngakal budi. Hawa napsu punika gunanipun kangge sarana nuwuhakên daya kakiyataning manah utawi batos awujud kêkarêpan ingkang sagêd ngêlairakên solah-bawa, pakêrti lan sasaminipun, awon utawi sae. Dene ngakal budi punika ingkang madhangi tuwin ingkang nuntun dhatêng hawa napsu supados lampahipun botên kêsasar utawi nunjang-nunjang. Awon saening lampahipun hawa napsu punika gumantung dhatêng santosanipun ingkang ngêrèh utawi tlatosipun ingkang nuntun, ingkang lajêng nuwuhakên sadaya pakulinan lan wêwatêkan. Manawi hawa napsu punika botên kaêrèh, tumindakipun lajêng sapurun-purunipun, manut punapa ingkang dipun karêmi utawi ingkang langkung

--- 424 ---

dipun sênêngi. Pramila ubaling hawa napsu ingkang makatên wau inggih tansah wontên salêbêting pêtêng, lajêng sagêd ngêndhih dayaning ngakal budi ingkang dados juru panuntun punika, mahanani cupêting nalar tuwin cêthèking pikir, têmahan mujudakên tindak rêsah, jail, drêngki, dahwèn lan sasaminipun. Hawa napsu ingkang sampun tutut, têgêsipun sampun kenging dipun êrèh, punika lajêng manggèn ing: hawa ingkang sampun dados panggenanipun ingkang mêsthi, botên andhêsêk ngêndhih ingkang sanès dunungipun, mahanani ombèr utawi lêga dhatêng hawa ingkang dipun bênggangi. Ombèr utawi lêganing hawa punika kawancah dados: lêgawa, lah punika ingkang têtêp nama: kamardikaning batos.

Mênggah hawa napsu punika bêtahipun namung dhatêng raos eca lan sakeca, kados ta: nêdha, tilêm, suka-suka, mimpang utawi unggul, dipun aji-aji dening sasami, ngêrèh lan sasaminipun. Tumandanging hawa napsu amrih pikantuk raos ingkang dados kabêtahanipun wau bilih tanpa pangrèh lan panuntuning ngakal tuwin pêpadhanging budi, masthi inggih lajêng tanpa milih margi ingkang mêsthinipun kêdah dipun ambah, watonipun ugêr ingkang dados kêkajênganipun sagêda tumuntên kacandhak, sanajan lampahipun wau sagêd andamêl kapitunaning sanès, inggih botên dipun paèlu.

Tiyang ingkang sampun sagêd manggèn ing kamardikaning batos punika, watakipun lugu, botên gampil kenging panggèndèngipun dayaning sanès ingkang nyêbal saking pranataning kautamèn, panimbanipun adil, botên ela-èlu, ingkang dipun lairakên rujuk kalihan kawontênaning batosipun, paribasan: lir godhong kurêb lan lumahipun. Sadayaning lampah botên melik dipun alêmbana utawi botên murih dipun cacad, lugu namung nêtêpi punapa ingkang dados wajibipun.

Ing wasana andharan kula bab kamardikaning lair lan batos punika kula jugag namung dumugi samantên kemawon, pangajêng-ajêng kula, bilih wontên lêpating pangikêtipun ukara utawi klèntunipun sêsêrêpan kula, mugi panjênêngan sadaya kêrsa paring pangaksama, sukur sèwu manawi kêrsa maringi pêpadhang malih ingkang langkung cêtha. Matur nuwun.

S.m.r. Siswamiharja. Pasuruan.

Bab Lakirabi

Mênggah tiyang gêsang punika limrahipun kêdah nglampahi lakirabi, ingkang akiripun badhe anurunakên anak, turun-tumurun ngantos bêbranahan, dene prakawis bobot, bibit, bèbèt, ing ngriki botên prêlu kula têrangakên, gumantung ingkang sami gadhah anak utawi ingkang badhe nglampahi piyambak.

Bilih manut ing ilmu kasarasan, murih prayoginipun, badhe anjodhokakên anak punika, sasagêd-sagêd kêdah ngèngêtana umuripun, sampun ngantos taksih kêlarenên, inggih punika tumrap: lare jalêr sakêdhikipun umur

--- 425 ---

23-25 taun. Lare èstri sakêdhikipun umur 18-20 taun. Jalaran lare jalêr ingkang sampun umur samantên punika, kajawi sampun prigêl ing pandamêlan, ugi sampun ngrêtos kuwajibanipun tiyang rabi, madosakên naphakah dhatêng tiyang èstri utawi rayatipun, makatên ugi lare èstri umur samantên punika sampun ngrêtos ing bab nyêpêng bale griya, utawi kuwajibanipun ngupakara dhatêng anak.

[Grafik]

Mantu ingkang sêtya dhatêng marasêpuh.

Saking takdiripun ingkang Maha Kuwasa, manungsa punika sagêd tumangkar utawi nurunakên anak, murih sagêda sae turunipun, mila kajagia kadospundi ihtiyaripun, punika kula sumanggakakên dhatêng para mudha.

Lakirabi punika kenging kaupamèkakên kadosdene tiyang tanêm têtuwuhan, upaminipun nanêm wiji pantun utawi sanèsipun ingkang dèrèng ngumur, punika kirang sae badhe pamêdalipun, utawi gampil sangêt kenging ing ama. Makatên ugi tumrap jêjodhoan (lakirabi), manawi kirang ngumur (taksih kêlarenên) sanadyana sagêd gadhah turun anak, ewasamantên inggih kirang saras badanipun (ringkih), gampil kataman ing sêsakit.

Ananging wujudipun ngantos sapriki, kenging dipun wastani taksih kathah kemawon, têtiyang padhusunan anindakakên tatacara anjodhokakên anakipun kapetang taksih kêlarenên, nitik wujuding jênggêrêngipun lare jalêr lan èstri katingal taksih alit-alit. Mênggah taksiran umuripun, lare jalêr kintên-kintên sawêg umur 15-16 taun, lare èstri kintên-kintên umur 13-14 taun.

Makatên wau upami tinakenan, têka wangsulanipun sakeca kemawon: mumpung wêkdal punika gadhah wragad, sabab pinuju panèn, utawi sukur dene anak sampun wontên ingkang mêntas, nyuda dhatêng têtanggêlan. Pancèn limrahipun tiyang padhusunan punika manawi gadhah damêl mantu, nyunatakên utawi sanès-sanèsipun, kadhawahakên ing môngsa panèn pantun, ananging sawênèhing pangantèn jalêr utawi èstri wau wontên ingkang taksih kêmpal dhatêng tiyang sêpuhipun piyambak (dèrèng pikantuk kêmpal tilêm, jalaran taksih katingal kêlarenên), namung prêlunipun kala môngsa salah satunggalipun badhe dipun êpèk damêlipun, upami pun mantu jalêr dipun purih rêrencang macul ing sabinipun. Kosokwangsulipun mantu èstri dipun purih rêrencang nutu utawi sanès-sanèsipun, ingkang botên mawi bayaran, namung cêkap kasukanan têdha kemawon. Dene tatacara ingkang makatên tumrap têtiyang kitha kapetang sampun botên sapintêna, jalaran limrahipun têtiyang [têti...]

--- 426 ---

[...yang] kitha sampun kathah kawruhipun tinimbang têtiyang padhusunan.

Bilih manut ing agami Islam, panci botên wontên alanganipun, anjodhokakên anakipun èstri ingkang dèrèng akir balèg (kirang ngumur), waton kemawon, wontên walinipun bapa piyambak, utawi yèn bapakipun pêjah inggih êmbahipun lare èstri. Ewasamantên toh botên wontên awonipun, upaminipun kula sadaya manawi badhe anjodhokakên anak, sampun ngantos taksih kêlarenên, ingkang wosipun prasasat badhe anggodha dhatêng kasarasan.

Gêgandhengan bab kasbut ing nginggil, kados-kados kangjêng gupêrmèn taksih kèwêdan badhe nyêgah tatacara ingkang makatên wau, jalaran badhe nyulayani prentahing agami, mila lajêng kapêndhêt têngah-têngahipun kemawon, têgêsipun, angalang-alangi inggih botên karsa, upami badhe kalastantunakên inggih kawratan, namung kemawon samangke asajak radi dipun êngèl-êngèl, bilih punika tumrap ningkahakên anak èstri ingkang dèrèng ngumur nanging gadhah wali bapa. Bab punika murih gamblangipun, mugi-mugi para maos karsaa sami amriksani buku polêk almênak Jawi wêdalan Bale Pustaka taun 1928, bab lakirabi taksih kêlarenên, ing kaca 258 dumugi 268.

Wasana panuwun kula mugi-mugi sadhèrèk kula padhusunan, karsaa amigatosakên bab punika, ingkang uwosipun tumuju ing kautamèn.

Kula pun S. Pramu Suharja.

Kantor Bang Escompto ing Wèltêprèdhên.

[Grafik]

Bang punika nindakakên simpên utawi nyambutakên arta.

--- 427 ---

Bab Wulang Sae

Bab kuwajibanipun ngagêsang

Mênggah ingkang dipun wastani kuwajibanipun ngagêsang punika, sadaya lampah ingkang sadhengahing tiyang mêsthi kêdah sami nindakakên, manawi botên purun nindakakên, tartamtu nêmahi sangsara utawi nandhang kapitunan ingkang agêng. Tiyang ingkang dèrèng sumêrêp dhatêng kuwajibanipun, kajawi sangsara tumrap gêsangipun piyambak ugi sok sagêd adamêl kapitunaning sanès. Satunggiling padamêlan ingkang sanès nama kuwajiban, punika wontên ingkang prayogi dipun lampahi tuwin wontên ingkang botên. Dene ingkang prayogi linampahan wau bilih sagêd nindakakên inggih langkung utami.

[Grafik]

Angudi murih ewahing wêwatêkan awon ing salêbêting pakunjaran

Ingkang dados kuwajibanipun ngagêsang punika kathah sangêt, mila inggih kêdah dipun sumêrêpi. Ing sêrat-sêrat piwulang sampun kathah sangêt ingkang mratelakakên bab kuwajiban wau, tuwin para guru utawi para sugih kawruh inggih sampun asring nyêthakakên. Mila ing ngriki kula namung badhe nêrangakên sawatawis ingkang bôngsa kita Jawi limrahipun botên ngopèni utawi botên patos mrêlokakên, prasasat kadosdene sampun botên dipun anggêp dados wajib, inggih punika: 1. ngudi kawruh lan mêncarakên kawruh, 2. ngajak-ajak dhatêng lampah sae lan nyêgah dhatêng lampah ingkang awon. Mênggah katranganipun kados makatên:

Bab ngudi kawruh: punika dados kuwajibanipun manusa wiwit mêcah pôncadriya utawi nalaripun ngantos dumugi pêjah. Rekanipun tiyang ngudi kawruh punika warni-warni, kados ta: sarana sinau wontên ing pamulangan, mêmaos, nênitèni ebah-ebahing kawontênanipun ngalam ingkang gumêlar punika, tuwin sarana lampah sanès malih ingkang mathuk dhatêng nalar tuwin ngakalipun. Bôngsa Eropah kenging kangge tuladha anggènipun nêtêpi ingkang dados wajibipun: ngudi kawruh wau. Santosa utawi kasrêgêpanipun prasasat tanpa wontên ingkang nyamèni, jalêr utawi èstri, sêpuh utawi anèm, sadaya sami rêmên lan tlatos anggènipun ngindhakakên kawruhipun. Mandar sawênèh wontên ingkang tiwas margi saking nglabuhi indhaking sêsêrêpanipun, mila tanah Eropah punika dados panggenanipun tiyang ngangsu kawruh warni-warni. Beda sangêt katimbang dhatêng bôngsa kita Jawi ingkang limrahipun anggèning ngudi kawruh namung saking lantaran pasinaon ing pamulangan Jawi ôngka 2,

--- 428 ---

manawi sampun mêdal saking pamulangan, katingalipun sampun marêm, rumaos kawruhipun sampun nyêkapi. Bab mêmaos katawis botên dipun têngênakên. Titikanipun bôngsa ingkang nami majêng punika: karêm mêmaos.

Bab mêncarakên kawruh: punika inggih warni-warni rekadayaning tiyang, kados ta: sarana kawulangakên, sêsorah, nganggit utawi ngarang lajêng kaimpun dados sêrat supados gampil sumêbaripun. Mênggah saking pangintênipun bôngsa kita Jawi ingkang gadhah kuwajiban mêncarakên kawruh punika namung guru kemawon, ingkang makatên wau mujudakên rêndhêtipun sumêbaring kawruh, tular-tumularipun botên tumuntên waradin. Malah sawênèh wontên ingkang taksih rêmên ngêkêr kawruh, kadamêl wados ingkang rêmit sangêt. Purun mêdharakên, nanging mêksa kawujudakên pralambang, saloka utawi cangkriman, kados ta upaminipun: randhu alas mrambat pare, kênya apêputra, makatên sasaminipun. Ingkang makatên punika tumraping jaman samangke kirang mathukipun, sadaya kêdah sarwa: gampil, cêtha, cekat-cèkêt, para juru nyêbar agami Islam saking tanah Arab, agami Buda saking tanah Indhustan, agami Kristên saking tanah Eropah, punika bab kasantosaning lampah anggènipun tlatos nêtêpi wajib mêncarakên kawruh, kenging kapirid dados tuladha. Ananging kabêkta saking dayanipun kamajênganing jaman, bôngsa kita Jawi inggih sampun kathah ingkang purun sawatawis niru rekadaya ingkang katindakakên dening bôngsa Eropah ingkang sugih kawruh punika.

Ngajak-ajak dhatêng lampah sae: punika botên namung sarana pisanjanging lesan kemawon, ingkang andayani sangêt inggih punika: nuladhani. Dene anggènipun nuladhani utawi misanjangi, punika kenging katindakakên asêsarêngan kalihan anggènipun mêncarakên kawruh kasêbut ing nginggil. Langkung santosa lan pintêr anggènipun ngajak-ajak, paribasan: ngapencutakên, inggih langkung kathah pikantukipun, mahanani wêwahipun tiyang ingkang purun ngêlampahahi sae, wêkasan adamêl rahayuning praja.

Dene bab nyêgah dhatêng lampah ingkang awon, punika ugi asêsarêngan kalihan anggènipun ajak-ajak ingkang sae. Limrahipun ingkang nindakakên nyêgah prakawis ingkang awon punika namung para: pulisi kemawon, tiyang sanès rumaos botên kuwajiban, punapa malih manawi panuju ingkang nindakakên awon punika sanès: sadhèrèk utawi kulawarga, mitra, bôngsa utawi têpanganipun, lah punika lajêng sangsaya nêbih utawi botên mrêduli, ingkang makatên punika lajêng sagêd nuwuhakên asringipun wontên bêbaya. Saiba prayoginipun saupami patrap nyêgah dhatêng lampah awon punika asêsarêngan kalihan para pulisi, mêncarakên kawruh asêsarêngan kalihan para guru, amasthi kamajênganipun praja ingkang adhêdasar tata têntrêm inggih tumuntên sagêd manggèn ing tataran ingkang nama mulya.

S.m.r. Siswamiharja. Pasuruan.

--- 429 ---

Bab Kasarasan

Bab anyaèni kampung

[Grafik]

Kalèn ing Pêtojo, Batawi, ingkang sampun dipun dandosi, wujudipun sarwa prayogi.

[Grafik]

Punika wujudipun pakampungan ing Kêbon Jae, Batawi, ingkang dèrèng dipun dandosi.

[Grafik]

Sarêng sampun dipun dandosi lajêng santun sipat.

Para maos ingkang sampun sami anjajah ing kitha agêng-agêng, kados ta: ing kitha Batawi, Bandhung, Sêmarang, Surabaya lan sasaminipun, têmtunipun sami anguningani perang-peranganing kitha, ingkang sae-sae sawanganipun, inggih punika: griya-griyanipun sami dipun pranata kanthi sae-sae, saha ingkang kathah sami griya tembok utawi pagêr gêbyog, payonipun gêndhèng utawi sèng, dene pakaranganipun dipun piara punapa mêsthinipun, ngantos ing ngriku griya-griya dalah pakaranganipun katingal sami rêsik-rêsik ingkang sayêktos adamêl rêsêping paningal. Sintên tiyangipun ingkang botên kêpengin dêdunung wontên ing griya ingkang dipun piara makatên, tuwin malih, sintên tiyangipun botên kêpengin anggadhahi pakarangan lan griya ingkang rêsik gumrining kados ingkang sampun kacariyosakên ing nginggil wau. Kadospundi raosing manahipun, saupami tiyang mêntas anyambutdamêl mantuk dhatêng griyanipun piyambak ingkang katingal sae tatananipun, rêsik pakaranganipun, ing ngriku têmtu lajêng sagêd angraosakên kanikmatanipun têtiyang

--- 430 ---

gêgriya. Jalaran sasampunipun mantuk saking padamêlanipun wau, tuwan romah lajêng sagêd ngasokakên badanipun alèlèh-lèlèh wontên ing èmpèr utawi ing salêbêting griya, dados manahipun kajawi tansah sênêng, inggih ugi lajêng botên sumêdya kêkesahan jalaran botên gadhah bosên wontên ing griya, wusananipun inggih lajêng nyuda dhatêng lampah kaborosan.

[Grafik]

Padusan tuwin papan umbah-umbah ing Batawi, toyanipun saking lèdhêng, bêning akinclong.

[Grafik]

Rêrêgêd sakitha dipun kalêmpakakên dados satunggal, mila kawontênaning pakampungan tuwin margi-margi sami rêsik gumrining.

Ananging manawi lajêng ningali kawontênanipun perangan kitha ingkang dipun dunungi dening para sadhèrèk ing kampung-kampung, ing ngriku lajêng anuwuhakên gagasan ingkang botên sakeca, awit bedanipun ing ngriki kalihan ingkang kacariyosakên ing nginggil wau, prasasat kados bumi kalihan langit. Sanadyan botên katêrangakên bedanipun wau, para maos têmtu sampun sami anguningani piyambak. Ewadene ing ngriki kapêksa anêrangakên kawontênanipun ing kampung-kampung sawatawis, ingkang pantês dados panggalihan.

--- 431 ---

Manawi lumêbêt kampung ing môngsa jawah, ingkang marginipun ciut-ciut, tur botên waradin, punika jêblogipun ngantos prasasat leleran, dados tiyang ingkang ngambah ing ngriku mèh sami kemawon kalihan tiyang lumampah ing pasabinan ingkang mêntas dipun waluku. Ingkang lumampah wau, sampun têmtu calana utawi sinjangipun lajêng kenging balêthok jalaran saking cipratan. Manawi lumêbêt ing kampung ing môngsa têrang, marginipun tanpa dhapur, têgêsipun: kathah jêglonganipun, lan katingal êmbahipun rêgêd anyêyêpêti mripat. Bilih ing wanci dalu, tiyang ingkang angambah margi wau, lampahipun sami cênunukan kados tiyang lumêbêt ing guwa kiskêndha, jalaran botên wontên ingkang pasang lampu kangge amadhangi margi wau.

Ing antawising margi-margi wau, katingal kathah griya pondhok-pondhok ingkang dipun dunungi ing têtiyang kampung. Griya pondhok wau ingkang kathah namung saking dêling, payonipun rapak, pagêripun gêdhèg, dene pakarangan tuwin pakêbonanipun botên wontên, dados namung pas-pasan kemawon. Kawontênanipun griya-griya pondhok wau tanpa pranatan babarpisan, inggih namung saajêng-ajêngipun kemawon, amila dununging griya-griya wau inggih sami malang-megung botên kantên-kantênan. Griya-griya pondhok wau, ing nglêbêt dipun guthêg-guthêg utawi dipun singgêt-singgêt mawi kepang. Ingkang saperangan kangge papan palinggihan utawi papan patilêman, saperangan malih kangge pawon. Dene pakiwan saha padusanipun prasasat mèpèt kalihan griya ingkang dipun dunungi wau, tur kêmpalan tiyang kathah dados satunggal. Tiyang ingkang manggèn ing griya ingkang makatên wau, sampun têmtu kêrêp sakitên, jalaran sabên dintên tansah kenging hawa ingkang botên sae, kados ta: ambêt-ambêtan dhoplonyo sarining pête jengkol ingkang sami mêmbleg-mêmbleg wontên ing kalèn sakiwa têngên utawi ing sangajênging griya-griya wau. Punapa malih manawi kalêrês wontên sêsakit ingkang nular, kados ta: kolera, pès lan sasaminipun, manggèn wontên ing griya-griya ingkang makatên wau botên prayogi sangêt. Amila punapa inggih kenging dipun paibên, bilih kalêrês wontên bagêblug, kathahing tiyang ingkang sami tiwas, prasasat tanpa wilangan.

Makatên mênggah kawontênanipun ing pakampungan. Samangke gêmintê sawêg ambudidaya kadospundi murih saenipun.

Mugi-mugi budidayanipun gêmintê ingkang sakintên badhe murakabi sangêt dhatêng para sadhèrèk kampung, tumuntêna kalêksanan dipun adani, sampun ngantos ing têmbe wontên tamu saking jawi amastani, bilih ing kampung Kwitang upaminipun, manawi masa jawah, tiyang sagêd kados wêlut utawi lele.

--- 432 ---

Panglipur Manah

Raosing sêpuh lan anèm

[Dhandanggula]

manising tyas tumalawung kongsi / lir nênangi rasaning karênan / wruh rarasing kaanane / sujanma kang wus sêpuh / kadi ingkang kawarnèng tulis / Tuwan Jon namanira / kang kasub misuwur / mliyonèr ing Amerikah / pan wus yuswa wolung dasa wolu warsi / maksih sarwa santosa //

pan mangkana dayaning ngaurip / yèn rinakêt agunging kabagyan / yêkti mikantuki bae / mawèh dawaning umur / bêbasane sacipta dadi / mung rinakêt karênan / satêmah nênungtum / maring katêntrêmanira / ngrumasani dènnya tinitah nèng bumi / cinakèt ing Pangeran //

[Grafik]

kang kadyèku pan nyatane ugi / tinêmune ing kaananira / tan lyan nguni duk anome / bêtah abanting balung / lan tan kendhat angulah budi / ngêngudi dadinira / aluwihanipun / tan pisan angêndhonana / tumêkaning diwasa maksih umintir / kari nêmu sakeca //

awit nyata donya kang lêstari / tumaruntun kang têka tan kêndhat / têtela abot êtohe / kudu tlatèn anggilut / kang tumindak kalawan titi / wusing sarwa sambada / aran tumaruntun / kadi ilining kang tirta / kang lumintu cinawuka nuli pulih / tan ana tabêtira //

lulus ingkang sambekala kalis / lumastari têkaning diwasa / tanpa towong ing têkane / nanging akèh kang kliru / angarani dadining luwih / tan kanthi lara-lapa / mung kari anêmu / yèn ta nyata kalakona / yèn kabêgjan mung asli pangguhan pasthi / tan lulus ananira //

lawan janma uga anggung lali / lamun lumrah ingaran kawula / datan langgêng lêlakone / nadyan kang sarwa luhur / miwah ingkang tinitah sugih / uga datan prabeda / antuk rasa giyuh / kadi ta ingkang kawarna / ananira dahat katon mêmunjuli / mring pêpadhaning janma //

nanging dupi wus andungkap prapti / antaraning pantoging diwasa / ngrasa suda ing sênênge / kadonyan kang amumbruk / wasanane mung arsa kari / datan milu ginawa / ing sumarmanipun / tinêmuning kang karênan / tan karasa kukuh dènnira ngênggoni / anèng kadonyanira //

--- 433 ---

tan angrasa kaanan kang kèksi / wus lumungsur kadayane suda / dene kang tinêmu mangke / ing sukanira amung / alêlangên mèt hawa rêsik / myang anon rêsbinira / punang bawana gung / kocap ing sawiji dina / sang mliyonèr duk lumampah wanci enjing / lêlangên urut marga //

anon lare ingkang maksih alit / ingkang lagya umur kalih warsa / nulya rinakêtan ake /age. linungan asta tundhuk / ingèsêman arasa manis / lare tan kêndhat mulat / sêmunira gumun / pamandênge kêdhèp têsmak / môngka tôndha tan pisan miris ing ati / malah sumèh ing netra //

sang awrendhaawrêdha. nulya ngucap lirih / sira iku ngaran bocah anyar / ing kaananira thole / adoh kalawaningsun / wusing ngucap wau sang luwih / nulya tuwuhing cipta / kang rasa ngêlangut / mangkana ing batosira / wus ngêlangut gon ingsun tumitah iki / adoh antaranira //

yèn upama kaananing rawi / wus andungkap umanjing bawana / dene bocah mau kae / lagya bae umungup / umulat mring langêning bumi / yêkti kaananira / sarwa maksih nglangut / lagya aran ajar-ajar / wruh rasaning panas pêrihing dumadi / miwah rasaning suka //

dhuh sanyata rasaning ngaurip / wus sun rasa anane tan kêndhat / mung ganti-gumanti bae / kalane ingsun nêmu / kanugrahan kang luwih-luwih / sarasaning tyas pindha / ing sajagad punjul / nanging kalaning kataman / kaduhkitan kadi sanalika ugi / larut sadayanira //

lawan anggung ing salami-lami / ngrasa bingung dènnya mamèt prênah / kang ngudi mrih kapenake / awit sajatinipun / jroning urip janma pan yêkti / tan nate ngrasa nrima / amung jujul wuwul / mung ngono salaminira / kang wus luwih paripaksa kudu luwih / dinohan panarima //

mangkya ingsun wus rumasa yêkti / anjajah mring kaananing donya / dadya wajib ingsun kiye / narima kudu ngluluh / dene nyata wus katog yêkti / lan gambare wus ana / kadya bocah iku / kang arsa murwèng lêlakyan / ciptaningsun kumênyut têrus ing ati / wêlas mring dhèwèkira //

awit nyata kaanane pasthi / bocah iku wêruh ananira / papa sangsara ki kene / kang dakatdahat. angalangut / kang kêpêksa kudu ngidaki / riwusira mangkana / lampahira laju / têmah sumèlèh ing driya / ngrumasani antuk marêm sawatawis / wèh sèlèhing panrima //

yèn rinasa ananing palupi / lir umirip lakuning kaanan / kadi rina lan wêngine / dene ta kyai sêpuh / lir angganing diwasèng rawi / arsa angoncatana / têmbene sinusul / wimbanirèng punang surya / kang umungup nèng têntrêming wanci enjing / arsa ambabar praba //

Ewah-ewahan Pananggalan

Rancangan ingkang dipun ajêngakên dhatêng polkênbon, ing dalêm sataun wontên 13 wulan, lan ing dalêm sawulanipun isi 28 dintên.

Mozes B. Cotswarth angajêngakên rancangan dhatêng polkênbon, murih ewahing pananggalan ingkang tumindak ing sapunika. Miturut rancangan wau, pranatan enggal punika langkung ringkês tuwin anocogi dhatêng kawigatosaning kabudidayan, among dagang tuwin bab gêgayutanipun.

--- 434 ---

Ing Zakenwereld amratelakakên ing bab rancangan ewah-ewahan wau.

Pananggalan enggal punika, ing dalêm sataun kaperang dados 13 wulan, tuwin ing sawulanipun isi 28 dintên.

Nama-namaning wulan têtêp kados ing sapunika, namung dipun wêwahi wulan Sol. Wulan Sol wau manggèn ing antawising wulan Juni kalihan Juli.

Ing sabên wulan tanggalipun sapisan wiwit ing dintên Ngahad, tuwin tanggalipun 28 ajêg dhawah ing dintên Sêtu. Sawarnining dintên agêng anggadhahi tanggal ingkang ajêg.

Dados saupami tanggal 1 ing wulan Januari dhawah ing dintên Ngahad, tanggalipun 1 ing wulan sanèsipun ugi dhawah dintên Ngahad.

Kados ingkang sampun kêlimrah, sawulan punika wontên kawan minggu, tuwin saminggu punika wontên 7 dintên. Mila ewah-ewahan wau nêtêpakên, sawulan punika ajêg wontên 28 dintên. Dados botên nama anèh, bilih tanggalipun sapisan dhawah dintên Ngahad, saha tanggalipun sapisan ing wulan ngajêngipun inggih dhawah dintên Ngahad malih.

Ing pamerangipun pananggalan sapunika, pinanggih ing pranatanipun kathah ingkang botên ajêg, wontên wulan ingkang dintênipun Ngahad sakawan, tuwin wulanipun malih dintênipun Ngahad pinanggih gangsal.

Nanging manawi pananggalan sapunika dipun limrahakên, pranatan ingkang botên ajêg wau badhe ical, awit kawontênaning dintên-dintên Ngahad, ing dalêm sawulanipun pinanggih ajêg. Upami dintênipun taun baru dhawah dintên Ngahad, ing sanèsipun taun tuwin salajêngipun, dintênipun inggih badhe dhawah Ngahad.

Ing etangan pananggalan sapunika, sabên kawan taun sapisan dhawah ing wulan Pèbruari, wontên ingkang umur 29 dintên.

Nanging ing pananggalan enggal punika botên wontên, namung sabên kawan taun sapisan, ing wulan Dhesèmbêr badhe kapetang 29 dintên.

Ing kina-kinanipun, tiyang angangge pananggalan miturut etanganipun tiyang Mêsir (Egypte), wusana dipun ewahi miturut etangan Julius tuwin ingkang tumindak ing sapunika miturut etangan Gregorius.

Dados manawi ewah-ewahan pananggalan wau dipun limrahakên, botên nama ewah-ewahan ingkang nganyar-anyari. Pananggalan ingkang kêlimrah ing sapunika, tumindak wiwit ing taun 1582.

Dene pananggalan enggal wau, sampun dipun sayogyani ing polkênbon, (P.S.).

Pangajêng-ajêng

Pangajêng-ajêngipun tiyang sakit, tumuntêna saras. Pangajêng-ajêngipun tiyang pados sambutan, tumuntêna angsal arta. Pangajêng-ajêngipun tiyang sinau, tumuntêna pintêr. Dene pangajêng-ajêngipun para lêngganan Kajawèn, sêlak kapengin sumêrêp Kajawèn nomêr lêbaran. Malah bokmanawi sagêd ugi nênarik dhatêng panggalihipun ingkang dèrèng lêngganan.

--- 435 ---

Pambalêdhosan Pabrik Êlong ing Kudus

[Grafik]

Kados ingkang sampun kapratelakakên ing Pakabaran Warni-warni, ing nginggil punika gambaripun pabrik ingkang sirna, sadaya waradin lan siti.

[Grafik]

Saperanganing pabrik ingkang sirna. Sangandhaping jugrugan pinanggih mayit 8.

--- 436 ---

Cariyos Wigatos

Kawontênanipun Sophyèt Ruslan ingkang sajati

Candhakipun Kajawèn ôngka 21

XVI.

Pêthikan saking sêrat kabar A.I.D.

Tatananing pamarentah

Ing sêrat-sêrat kabar inggih sok wontên panyaruwe dhatêng warni-warnining ada-ada tuwin tiyang, ananging salami-laminipun badhe botên wontên panyaruwe satêmbung kemawon dhatêng para punggawa tuwin pranatan-pranataning parte. Têtiyang punika sagêdipun kapranan namung dening para pangrèhing parte ingkang langkung inggil saha ingkang jajahanipun langkung agêng. Salaminipun têtiyang wau taksih sami kabantu, panguwasanipun inggih agêng sangêt, ing parêpatan-parêpataning parte, ingkang têtiyang wau sami dipun pilih kanthi opisil, sampun tamtu botên badhe sagêd kalampahan, bilih wontên tiyang ingkang ngalang-alangi dhatêng prentahing komite ingkang langkung inggil, ingkang anuding dhatêng tiyang ingkang kapilih wau. Kajawi sekrêtaris ingkang têtêpipun kanthi dipun pilih, ing ngriku wontên para amtênaripun ingkang sajati dasanan cacahipun, amtênar-amtênar wau botên sami kapilih, ananging katêtêpakên dening parte, kadosdene caranipun juragan limrah. Lan ugi amtênar-amtênar punika tumut botên kenging kacacad.

Kawontênanipun pambantahan ing salêbêting parte, ingkang sakêdhik-sakêdhik sok wontên ingkang lajêng mêdal dhatêng jawi, punika lajêng sagêd nuwuhakên pangintên-intên, kadospundi anggènipun sami ambrêkunung saha botên sabaran ing golongan-golonganing têtiyang, ingkang ing parte ngriku kaanggêp inggil piyambak pangajaranipun. Para ingkang sami anggèsèhi rêmbag, ingkang sami botên purun prasêtya dhatêng sadaya sêsêratan ingkang kaanggêp dening para pangagênging parte ingkang inggil piyambak, lêrês tuwin sae, sami dipun awon-awon saha dipun ujar-ujari ingkang botên pantês. Dene ingkang dados gèsèhing rêmbag punika prakawis alit sangêt, têtiyang ing sajawining tanah Ruslan têmtunipun botên mangrêtos punapa ingkang andadosakên pasulayan wau. Ananging manawi Stalin, cêkakipun manawi para pangagêngipun parte anyariyosakên, bilih tumindaking pranatan nagari ing Ruslan miturut ancas sasami-sami sadaya sae, punika manawi wontên tiyang anggadhahi sêmang-sêmang dhatêng wontênipun katrangan wau, lajêng kemawon dipun anggêp badhe anglawan dhatêng pamarentah, sarta sampun tamtu lajêng kalêbêtakên ing griya pakunjaran, manawi tiyang wau kumawani anyariyosakên ing kosokwangsulipun. Namung Stalin saha para panganjuring parte ingkang inggil-inggil, ingkang sami paham saha mangrêtos dhatêng punapa ingkang mêsthi dipun rêmbag. Ananging sapintên tumindakipun amarentah ingkang sarwi sawênang-wênang wau ing golongan ingkang andhap-andhap, saha punapa ingkang sampun kadhêdhêr wontên ing ngriku murih sagêdipun angadhahi manah angêdir-êdirakên ingkang tanpa wangênan, sarta ingkang dipun anggêp kawruh utami ingkang inggil piyambak, punika botên kenging kacariyosakên kanthi cêkakan. Malah miturut cariyosipun Tuwan Baars sadaya lêlampahan ingkang kasar-kasar, pangolok-olok tuwin tindak sawênang-wênang wau, tiyang botên badhe sagêd anggambar papêthanipun, manawi botên anyumêrêpi kawontênanipun ing ngriku piyambak.

Manawi tiyang sagêd anuruti saha angalêmbana dhatêng manah ingkang angêdir-êdirakên wau, sampun tamtu lajêng sagêd kinabulakên punapa sêdyanipun. Botên wontên ingkang nglangkungi gampilipun kajawi dados liding parte ingkang sêtya mawi pangajêng-ajêng murih sagêd enggal minggah pangkatipun, inggih punika sarana anggunggunga pangrèhing parte sasagêd-sagêdipun, sampun tamtu inggih lajêng sagêd enggal majêng. Amila ing pundi-pundi botên wontên panggenan ingkang têtiyangipun sami rêmên mupakatan ingkang botên sae, rêmên angawon-awon ing sanès tuwin tumbak-cucukan kados ing ngrika. Ingkang makatên punika Tuwan Baars sampun ngalami piyambak, sadaya ingkang kalapurakên dhatêng pangrèhing parte saha dipun lêbêtakên ing buku-buku ngriku, punika katindakakên sapêngkêripun tiyang ingkang kalapurakên wau, dados tiyangipun piyambak inggih botên badhe sumêrêp punapa-punapa, ngantos dhumawah ing wancinipun, lajêng nyobi migunakakên sadaya wau kangge adamêl cilakanipun tiyang wau.

Ing Mosko Tuwan Baars pinanggih kalihan têtiyang bumi pintên-pintên, ingkang sami wangsul dhatêng tanah wutahrahipun, saha samangke sampun sami mantuk saking pangintên-intênipun, (pangintên-intên bab saening komunismê), anggènipun mantun wau jalaran saking rêmbagipun ing salêbêting parte ingkang awon-awon, inggih punika amargi têtiyang wau sampun kalêpatan, sami pasulayan kalihan bangsanipun ingkang sami apangkat inggil. Ing ngriku janji wontên tiyang kirang urmatipun kemawon dhatêng para ingkang sami rêmên dipun urmati wau, lajêng kemawon tumindaking pitnahan wiwit kalampahan. Sadèrèngipun tiyang gadhah gagasan punapa-punapa, sampun kasêrat ing sêrat-sêrat [sêrat-sêra...]

--- 437 ---

[...t] palapuran winados, kadosdene têtiyang ingkang dipun samarakên, salajêngipun tiyang wau dening panganjuring parte lajêng dipun alang-alangi sarana margi warni-warni, pungkasanipun inggih lajêng kawêdalakên saking ngriku. Rak inggih gampil ngakèn tiyang anggarap padamêlan, ingkang piyambakipun botên sagêd anggarap kanthi salêrêsipun. Lan malih parte wau anggadhahi wênang mrentah para warganipun dhatêng ing pundi kemawon, saha tiyang ingkang nampi prentah wau tanpa kenging mangsuli punapa-punapa kêdah nurut kemawon. Tumrap tiyang ingkang dede liding parte, sampun nama bêgja sangêt manawi namung kapêcak saking padamêlanipun tuwin lajêng botên dipun arubiru dening pulisi sandi (gepeoe).

Sagêd ugi bilih cara ingkang makatên punika nama satunggiling kamajêngan upami lajêng kasamèkakên kalihan kawontênanipun tanah Ruslan kala taksih kaprentah ing raja. Ingkang makatên wau satunggiling pitakenan ingkang Tuwan Baars botên sagênsagêd. amangsuli, lan ingkang ugi botên prêlu dipun wangsuli wontên ing ngriki. Ingkang mêsthi, inggih punika: tumraping tanah Indhonesiah, ingkang cara pamrentahipun taksih têbih sangêt kalihan kawontênanipun paprentahan sasami-sami, punika caranipun paprentahan SèpyètSopyèt. wau malah badhe damêl munduripun, botên badhe angajêngakên.

(Badhe kasambêtan)

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès

Bab tumindakipun siyam ing Surakarta, miturut dhawuhing pangandika dalêm ingkang sinuhun dhumatêng pêpatih dalêm, awit saking unjuking abdi dalêm pangulu ing Surakarta, wiwiting siyam wontên ing dintên Kêmis, nanging garêbêgipun botên ewah dhawah ing dintên Jumuwah Kliwon tanggal sapisan Sawal. Dados siyamipun namung 29 dintên.

Jalaran saking kathahing jawah, para tiyang tani ing Imagiri, Ngayogya, nguwatosakên manawi anjalari sudaning pamêdal pantun ing sapunika sawêg mêtêng. Saya malih ing sapunika kasarêngan wontên ama mênthèt tuwin ama ingkang sawarni bêluk, inggih punika oyoding tanêman sami bosok, dêlêging wit garing kados damèn, mawi dipun rubung ing kewan alit-alit bangsaning wêrêng.

Juru sêrat wadana ing Karangkobar Banjarnagara, dipun kèndêli saking padamêlanipun, jalaran damêl dheklarasi wontên kuwitansinipun ingkang palsu.

Kawartosakên, konggrès Muhammadiyah benjing taun ngajêng badhe manggèn wontên ing Surakarta, dene tatananipun inggih badhe mirid kados nalika wontên ing Ngayogya.

Griyanipun Tuwan M.F. Seedi ing Purwasari, Surakarta, dipun pilih badhe kangge palêrêmanipun Sri Nata ing Siyêm, tuwin santana ênêm, dene pandhèrèk sanès-sanèsipun manggèn ing Hotèl Dhone.

Sampun wontên kêkancingan malih ngangkatakên golongan kumunis pintên-pintên dasa saking Batawi dhatêng Dhigul.

Lulus kandhidhat, iksamên bagian kalih ing pamulangan luhur pangadilan, Radèn Sujana.

Sawênèhing bôngsa Tiyonghwa nama Hong Ti ing Sragèn, kadênangan ing pulisi anggènipun nindakakên gadhe pêtêng, ing salêbêtipun papriksan katindakakên, bôngsa Tiyonghwa wau dipun tahan wontên ing kampêmèn pulisi.

Angsal sêsêbutan Indisch Arts Tuwan Muhamad Husin, asli saking Palembang, tuwin Radèn Ita Purwasubrata, asli saking Purwarêja.

Salah satunggiling toko mas intên ing Pasar Baru, Batawi, kecalan barleyan wosèn kathah, jalaran kêsupèn, barleyan wau dipun bungkus kadèkèk ing meja, sadaya rêgi f 2000.-.

Ing Bali wontên pakêmpalan kalih golongan, ingkang sêdyanipun badhe nglawan dhatêng pamarentah. Kawartosakên ugi wontên bôngsa Bali pangkat agêng ingkang tumut ing pakêmpalan wau. Sawênèhing bôngsa Jawi ingkang dados panuntun sampun dipun cêpêng. Aluraning prakawis punika sawêg dipun padosi. Sapunika dipun wontêni pajagèn militèr 3 brigadhê.

Ing bab pandamêling palabuhan kapal pêrang ing Madura, sawetanipun Kamal, ingkang katampèn badhe anggarap Nedam kalayan waragad f 604.300.

Radhio saking Pulo Panjang martosakên, kajawi ebahing bumi, ing salêbêting sagantên ugi kêtingal wontên hawa gas ingkang manthêr kalih panggenan.

Sawênèhing tiyang nama Musa ing Tanah Abang, Batawi, nganyut tuwuh jalaran saking kêjudhêgên ngraosakên sakitipun bêntèr, sampun dangu botên saras-saras.

--- 438 ---

Ing Hotèl Tugu Ngayogya, mêntas kapondhokan Walandi saking Malang nama Tuwan W. Ing dalunipun inggih tilêm limrah kemawon, nanging enjingipun botên tangi-tangi, sarêng kapriksa ing dhoktêr, katranganipun nandhang sakit tilêm, Walandi wau lajêng kabêkta dhatêng griya sakit, taksih têrus tilêm kemawon.

Dèrèng dangu Wd. dhirèktur dhepartêmèn têtanèn kanthi tuwan-tuwan sanèsipun mariksa kolonisasi I.E.V. ing Gisling, Lampung. Miturut pikantuking papriksan, wohipun kolonisasi wau badhe sae. Sambêt kalihan bab punika, ing ngriku badhe dipun wontênakên kursus têtanèn. Ing Gisling badhe dipun tuntun dening lanbao lerar.

Wontên têtamu bôngsa Jêpang 6 sami dhatêng Batawi, sadaya sami ahli dagang, dhatêngipun ing tanah Jawi prêlu badhe ngulinakakên dhatêng lampahing dagangan. Wontên ing Batawi inggih badhe mitongtonakên barang-barang daganganipun, wontên ing Japansche Clubgebouw.

Ing taun punika badhe wontên pèngêtan adêging Pakêmpalan B.O. ingkang dipun adani dening para murid Stovia sampun 20 taun. Ing taun 1918 sêtudhèn-sêtudhèn Indhiya ing nagari Walandi inggih sampun ngêdalalên buku. Ing taun punika kathah para sagêd ingkang manjurung karangan kangge isining buku ingkang badhe kawêdalakên punika, inggih punika Propesor Radèn Arya Husin Jayadiningrat, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, Dhoktêr Rajiman, Radèn Mas Arya Suryaningrat, tuwin Radèn Slamêt. Ing Surakarta benjing tanggal 6 - 8 April badhe dipun wontênakên konggrès.

Sampun dangu ing Têgalgônda, Surakarta, parentah kasunanan, dipun adêgi pamulangan tani alit, ingkang sinau ing ngriku sami lare-lare wêdalan saking pamulangan ôngka kalih. Lare ingkang sampun lulus saking pasinaonipun, lajêng kadadosakên mandhor tani utawi mantri tani, ingkang dipun wajibakên nênuntun dhatêng têtiyang tani ing dhusun, tumindakipun sadaya wau kanthi dipun pangagêngi ing Landbouwvoorlichtingsdienst ingkang dipun wontênakên dening gupêrmèn. Kawontênan makatên punika adamêl kamajêngan, benjing ing wulan April ngajêng punika, ing ngriku badhe dipun wontênakên iksamên kangge nglêbêti dhatêng pamulangan wau.

De Jeer sawênèhing Walandi ingkang kêsangkut prakawis bêrontakan ing wulan Juli taun kapêngkêr, sapunika pindhah saking griya sakit ing Bogor, dhatêng pakunjaran Cipinang. Rad pan yustisi aparing palilah nahan tuwin nindakakên prakawisipiun kadakwa malsu authentieke acten nglêbêtakên kapenakakanipun dipun akên anakipun piyambak, dhatêng amtênar burgêlêkên sêtan, tuwin kadakwa andêlikakên Samudra lan tiyang sanès-sanèsipun, ingkang kêsangkut prakawis bêrontakan ing wulan Juli 1927.

Dhepartêmèn pangajaran martosakên, bilih ing taun punika, kathah-kathahing murid ingkang dipun tampèni malêbêt ing pamulangan palajaran namung 10. Lare ingkang malêbêt eggal, dipun wulang wontên ing P.H.S. ing Wèltêprèdhên, ing kalih taunipun angsal wulangan wontên ing kapal gupêrmèn Wega. Tumrap lare ingkang botên cêkap, bayaranipun sagêd suda utawi botên bayar babarpisan. Lare ingkang dipun wênangakên malêbêt ing pamulangan ngriku namung lare ingkang nalika wontên pamulangan Milo ing klas pungkasan, bijinipun bab wiskêndhê wontên 6.

Kala Ngahad kêpêngkêr, ing Bogor dipun adani ngêdêgakên pakêmpalan nama: Budiharja, dipun pangagêngi ing panjênênganipun Tuwan Dwija Sewaya. Kajênging pakêmpalan wau badhe suka pêpadhang dhatêng têtiyang, ingkang limrahipun dèrèng sumêrêp dhatêng pranatan-pranatan ingkang dèrèng dipun mangrêtosi ing bab kabêtahaning ngagêsang, murih suda anggènipun dados têdhaning pokrul-pokrul bambu, tuwin tinindhês ing golongan liyan. Pitulunganipun namung badhe tumindak lêlahanan, upaminipun ing bab badhe damêl griya ingkang gêgayutan kalihan pranataning gêmintê. Ing bab tiyang gadhah prakawis, sadaya mawi dipun wontêni tiyang ingkang ahli.

Kawartosakên, up bêstir Muhamadiyah angsal panyaruwe saking Paduka Residhèn Jasper ing Ngayogya, supados ing benjing malih sampun ngantos wontên sabab-sabab malih kados nalika wontên konggrès. Awit wadana pulisi anglapurakên, nalika konggrès wontên ingkang sêsorah nyênyêngit, ingkang ngèngingi agami Kristên, tuwin pulitiking pamarentah ing bab agami Kristên kalihan Islam.

Rêsèrsê ing Sêmarang sampun sagêd nyêpêng têtiyang 11 sami golonganing durjana, ingkang nindakakên kadurjanan wontên Jawi Têngah, inggih punika ing Kêndhal, Pakalongan, Surakarta tuwin Ngayogya, tumindakipun kadurjanan wau sampun wiwit taun 1924 dipun pangagêngi ing bôngsa Walandi nama Thomas.

Mr. de Wit ingkang kawartosakên kenging prakawis, sapunika linuwaran saking sêrêgan.

Kala dintên Sêtu kêpêngkêr, anakipun Tuwan Trauerbach, algêmènê onpangêr ing Kuthaarja, umur 16 taun, dhawah saking anggènipun mêmènèk, wusana dados lan ngajalipun, jalaran utêkipun ewah.

Pamêlikan arêng sela ing Sawah Lunta tuwuh prakawis kabêsmèn malih. Ing bab punika dipun kintên tuwuh saking pandamêl awon. Wontên pawartos susulan malih, ingkang kabêsmèn wau pamêlikan ing Sawah Rasoh 4, ingkang kêbêsmi kajêng, kêlukipun kathah sangêt, wusananipun inggih sagêd sirêp, botên wontên kasangsaran.

--- 439 ---

Wêwaosan

Sêsupe agêmipun rajaputri ing Seba

24. Ayang-ayanganing kasangsaran

Pangeran Josua lajêng kêtingal abrit kados sangkêlat tuwin lajêng ngandika makatên: kadospundi, badhe dipun papanakên wontên ing pamondhokan, ingkang makatên punika rak nyêbal saking cara. Dhuh, sang putri, panjênêngan punika kêdah angèngêti, bilih panjênêngan punika dèrèng palakrama. Kajawi punika kula botên manggèn wontên ing karaton, dados botên sagêd tansah anjagi ing panjênêngan.

Sang putri namung amigatosakên aturipun Pangeran Josua ingkang wêkasan saha ngandika makatên: kula inggih pancèn sampun nguningani ing panjaginipun paman nalika wontên ing papan waradin wau. Sajatosipun kula piyambak sagêd anjagi dhatêng badan kula piyambak, tamu-tamu kula punika badhe kula papananakên ing panggenan ing Mur ngriki, ingkang botên nguwatosi piyambak, lan kajawi ing griya wau botên wontên. Paman wau angandika, bilih paman nandhang tatu sangêt, ingkang lajêng botên karsa prang tandhing kalihan Sultan Barung, amila paman kula aturi jêngkar saking ngriki saha ngaso, mangke dhoktêr karaton kula dhawuhanipun anuwèni panjênêngan. Sampun, andhèrèkakên sugêng kemawon, paman. Dene manawi panjênêngan sampun dhangan babarpisan, mangke kula utusan tiyang ngaturi paman tindak ngriki, amargi taksih kathah prakawis-prakawis, ingkang kêdah kula rêmbag kalihan panjênêngan. Sampun, botên prêlu amanggalih kathah-kathah dhatêng kula, amargi kula botên kenging angêndhêg dangu-dangu dhatêng panjênêngan. O, paman, mugi sapunika enggala mapan sare, lan sampun supe sukur ing Pangeran, dene paman sagêd pinaringan luwar saking bêbaya kathah wau.

Mirêng pangandikanipun sang putri ingkang raos pangerang-erang wau, Pangeran Josua lajêng pucêt sangêt, ing sadèrèngipun sagêd matur punapa-punapa, sang putri lajêng lumêbêt ing gapura karaton wau, amila tumrap Pangeran Josua botên punapa-punapa malih kajawi amêmisuh dhatêng kula sadaya, langkung malih dhatêng Sêrsan Quick, amargi sampun anjalari dhawahipun sang pangeran saking titihanipun. Cilakanipun, dene Sêrsan Quick sanadyan botên mangrêtos dhatêng basa Arab, ananging dhatêng kajênging pamisuhipun wau mangrêtos, amila botên dangu Quick wicantên makatên: he, mênêng, babi, mripatmu sing digadhuhake dening kang Kuwasa ana ing raimu kuwi bok koênêngake bae, mêngko mundhak ilang.

Pangeran Josua saya sangêt kêbrangas, saha lajêng pitakèn: tiyang kapir punika wicantên punapa. Sanalika punika Orme tangi saking kanggenipun kumat ngalêntuk, saha lajêng amangsuli ngangge basa Arab makatên:

O, pangeraning para pangeran, omongipun tiyang wau, anênuwun dhatêng panjênêngan, supados panjênêngan kaparêng anutupi tutuk panjênêngan ingkang utami wau, lan panjênêngan kaparênga nglêrêm makatên tingal panjênêngan ingkang luhur wau wontên cangkoronganing tingal, awit mangke paningal panjênêngan mindhak ical. Mirêng têtêmbunganipun Orme ingkang makatên wau, têtiyang Abati kêkalih ingkang ngadêg wontên sacêlakipun sang pangeran, sami gumujêng latah. Dados têtiyang Abati punika inggih taksih rêmên gêgujêngan.

Sasampunipun Orme andadak karaos sakit malih. Ingkang punika kula kêpêksa lajêng tansah ngawat-awati Orme kemawon. Kala punika gapuranipun lajêng katutup, lan kula sadaya lajêng dipun irit dening abdi-abdi ingkang mangangge maneka warni dhatêng papan pondhokaning tamu wau.

Kamar kula sadaya asrêp saha inggil, cètipun burêng lan rinêngga-rêngga ing kajêng ukir-ukiran. Kula sadaya nyumêrêpi, bilih pondhokaning tamu wau, misah babarpisan saking dalêm agêng, saha anggadhahi kori piyambak, margi sêsambêtanipun dhatêng kadhaton botên wontên babarpisan. Ing sangajênganing griya wontên patamananipun alit, lan ing wingking wontên pakaranganipun ingkang wontên griyanipun alit-alit piyambak, ing ngriku kenging kangge papan ngandhangakên unta-unta kula sadaya.

Kala punika Orme ngraos botên sakeca sangêt, ewadene botên purun enggal-enggal ngaso. Sadèrèngipun anyatakakên, punapa barang bêbêktanipun sampun jangkêp.

Piyambakipun wicantên: he Sêrsan Quick, mara etungên, pira pak-pakane.

Sanalika punika Quick inggih lajêng nacahakên.

Wicantênipun pun Quick: sasumêrêp kula pak-pakanipun kados inggih sampun jangkêp sadaya, bandara kapitan.

Orme awicantên malih: iya bêcik, sêrsan. Lawang kuwi nuli gêmbokên lan kuncine gawanên.

Quick inggih nuntên angèstokakên malih punapa parentahipun Orme. Ananging upsir bôngsa Abati, ingkang nyumêrêpi

--- 440 ---

lêlampahan wau, badhe angalang-alangi. Kala punika Quick mèh kemawon anrajang dhatêng upsir wau, salajêngipun upsir wau gadhah pamanggih aluwung kesah kemawon, lan ugi lajêng kesah kalihan ngangkat pundhak, bokmanawi kemawon nêdya ngabari dhatêng pangagêngipun.

Dagu-dangu Orme sawêg lajêng purun mapan tilêm. Orme wau asêsambat, bilih sirahipun ngêlu sangêt, sarta botên purun nêdha punapa-punapa kajawi namung ngombe puhan kalihan toya. Sasampunipun kula titipriksa, lan sampun yakin, bilih botên wontên tandhanipun ingkang nguwatosakên, piyambakipun lajêng kula sukani jampi tilêm saking wadhah jampi kula. Lêt kalih dasa mênit malih piyambakipun sampun tilêm kêpatos, anggènipun tangi malih sasampunipun tilêm pintên-pintên jam dangunipun.

Dene Quick kalihan kula lajêng sami rêrêsik, nêdha punapa-punapa ingkang dipun sêgahakên dhatêng kula sadaya, saha ing dalu punika lajêng gêgêntosan anjagi Orme. Enjingipun jam nêm Orme anglilir saha lajêng nêdha ngombe. Sasampunipun ngombe sagêlas kanthi rêrikatan, lajêng wiwit andalêming. Bêntèripun lajêng kula ukur, ing ngriku pinanggih 42 grad, sasampunipun Orme lajêng tilêm malih, ananging sakêdhap-sakêdhap tangi lan tansah nêdha ngombe.

Sang putri andangu kawontênanipun Orme ngantos kaping tiga, inggih punika ing dalunipun kaping kalih, enjingipun sapisan. Ewadene inggih dèrèng marêm ing galih, amargi sarêng kintên-kintên jam sadasa, sang putri rawuh malih mawi dipun dhèrèkakên ing kênya kêkalih lan tiyang jalêr sêpuh satunggal, jenggotipun sampun ragi pêthak. Wontên ing ngriku sang putri andangu kawontênanipun ingkang sakit, saha angandikakakên, bilih tiyang sêpuh wau dhoktêr karaton.

Sang putri andangu sajak kasamaran ing galih: punapa kula kenging nuwèni piyambakipun.

Kula amangsuli suka, nanging bokmanawi têtiyang wau badhe kèndêl kemawon. Salajêngipun sang putri saha pandhèrèkipun wau lajêng kula lêbêtakên ing kamar, ingkang dipun damêl pêtêng. Quick ngadêg anjêjêr kados rêca wontên lêrês sirahing patilêman, saha lajêng ngangkat tangan kanthi kèndêl-kèndêl kemawon. Sang putri lajêng mriksani rainipun Orme ingkang mangar-mangar jalaran bêntèr, saha namatakên gêsêng ing bathukipun, ingkang jalaran saking pambalêdhaging dhinamit. Kula sumêrêp tingalipun sang putri ingkang blalak-bêlalak kêbak êluh. Kala punika sang putri ujug-ujug miyos saking kamar ngriku saha paring tôndha sarana astanipun dhatêng abdi, kadhawuhan ngêntosi.

Salajêngipun sang putri nuntên andangu dhatêng kula makatên: punapa kintên-kintên piyambakipun sagêd gêsang.

Kula lajêng amangsuli ngaturakên punapa kawontênanipun: bab punika kula botên sumêrêp, manawi sakitipun punika ngêmungakên jalaran saking bêntèr utawi sayah kemawon, kados-kados inggih sagêd mantun. Ananging manawi tatuning sirah ugi angèngingi utêkipun, la punika...

Sang putri nyêla pangandika kanthi garunêngan: o, bok inggih panjênêngan tulungi. Manawi sagêd wilujêng, panjênêngan kula ganjar punapa sagêgadhahan kula. Dhuh mugi kaparênga paring pangapuntên dhatêng kula, dene kula kami purun anjanjèni dhatêng mitranipun piyambak. Ananging panêdha kula mugi kaparênga mitulungi.

Kula amangsuli: dhuh gusti, niyat kula inggih badhe kula jampèni ing sasagêd-sagêd kula, dene mantun utawi botên, punika botên gumantung wontên ing kula. Kala punika pandhèrèkipun sang putri dhatêng anyakêt, anggènipun ngandikan lajêng dipun kèndêli.

Ingkang adamêl pêgêling manah kula punika dhoktêr kraton, sadintên muput tansah ngoyak-oyak kula kalihan ngoyok-oyokakên jampinipun, ingkang kalanipun jaman têngahan kemawon sampun nama botên kangge. Cara-caranipun anjampèni dhoktêr wau ingkang botên patosa andadosakên sabab, inggih punika kula kêdah nyêmir sirahipun Orme kalihan martega, lan sasampunipun kapurih nyèlèhi balunging bayi ingkang pêjah lair, saha kapurih ngombèni jampi-jampi ingkang sadèrèngipun sampun dipun dongani dening panuntuning agami. Kajawi punika taksih wontên pitêdah-pitêdah sawatawis, ingkang sagêd adamêl pêjahipun Orme salêbêtipun saêjam kemawon.

Tumrap kula rumaos judhêg sayêktos, dene botên sagêd sumêrêp kadospundi badhe kawusananing sakitipun Orme punika, bokmanawi para dhoktêr-dhoktêr neneman punika sagêd sumêrêp ing bab wau. Ananging kula punika wêdalan pamulangan dhoktêr kina. Kajawi punika, mèh tigang taun laminipun, kula tansah mubêng-mubêng ing sagantên wêdhi kemawon.

Sapunika sampun kêlampahan tigang dintên, kula kuwatos bilih utêkipun kêtotog, ingkang anjalari piyambakipun sagêd pêjah utawi lumpuh babarpisan. Ananging Quick botên nocogi dhatêng pamanggih kula punika, wicantênipun, bilih piyambakipun sampun mêningi tiyang kalih ingkang makatên punika, ingkang jalaran saking pambalêdhosing dhinamit agêng ing sacêlakipun têtiyang wau, ewadene tiyang kêkalih wau sami mantun sadaya, sanadyan ta ingkang satunggal lajêng dados gêndhêng.

Inggih sang putri punika ingkang paring pêpadhang rumiyin piyambak dhatêng kapêtêngan kula. Tigang dalunipun sang putri rawuh malih, saha lajêng lênggah sakêdhap wontên sacêlakipun Orme. Sarêng sang putri badhe tindak malih netyanipun katingal bêning sajak bingah. Kula lajêng nyuwun priksa mênggah ingkang andadosakên sabab-sababipun.

Wangsulanipun sang putri: o, piyambakipun badhe gêsang.

Kula lajêng nyuwun priksa malih, sabab-sababipun dene sang putri kagungan panggalih makatên punika.

(Badhe kasambêtan)

--- [493] ---

Ôngka 25, 6 Sawal Taun Jimakir 1858, 28 Marêt 1928, Taun III

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [473] ---

Ôngka 25, 6 Sawal Taun Jimakir 1858, 28 Marêt 1928, Taun III

Kajawèn

Kawêdalakên Sabên Dintên Rêbo lan Saptu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Swèdhên

[Grafik]

Griya ingkang agêng sisih têngên, pantêsipun kantor agêng, dene nyatanipun griya pajajanan ing kitha Stockholm.

--- 474 ---

Raos Jawi

Drêngki

Drêngki punika sawênèhing wêwatêkanipun tiyang, ingkang kêgolong awon, mila inggih tamtu gadhah kosokwangsul ingkang têgêsipun sae, inggih punika jujur.

Sanadyan sampun cêtha drêngki punika botên sae, nanging limrahipun tiyang malah adhakan anglampahi, awit kadrêngkèn punika tumamanipun dhatêng ing tiyang gampil sangêt, ingkang nindakakên sok ngantos botên ngrumaosi. Dene wohipun kadrêngkèn punika, botên sanès namung adamêl kirang prayogi dhatêng liyan, wujudipun manawi wontên tiyang manggih kabêgjan, manahipun botên rêna, minggahipun lajêng purun damêl piawon dhatêng liyan, awit manawi wontên tiyang manggih lêlampahan ingkang botên sakeca, ingkang tuwuh saking pandamêlipun drêngki, bingahing manahipun ngantos nêrusi dumugi ing balung sungsum. Nanging saupami pun drêngki kêwêlèh bab lêpating tindakipun, agêngipun dipun wêlèhakên ing tiyang sanès, punika pamaliking ginêmipun gampil kemawon, ungêlipun: mênggahing kula damêl piawon dhatêng piyambakipun, ingkang kula melikakên punapa.

Sayêktosipun ungêl makatên punika mênggahing kalairanipun pancèn lêrês, nanging mênggah raos kabatosaning kadrêngkèn, botên makatên, awit kadrêngkèn punika trêkadhang sok tanpa kamelikan punapa-punapa, nanging sêgêr sumyah manawi nyumêrêpi wontên tiyang nêmahi sangsara. Wontênipun makatên, jalaran matuhing kadrêngkèn punika sajatosipun sampun dados dhêdhasar susulan, dados ingkang nglampahi sampun botên ngrumaosi babar pisan.

Sapunika wontên pitakenan, punapa tiyang drêngki punika bodho, dene purun gadhah tindak kados makatên. Mênggah katranganipun, ingkang limrah, malah racakipun tiyang pintêr, awit manawi tiyang bodho, budinipun badhe botên kenging kangge nyampurnakakên kadrêngkènipun, beda kalihan tiyang pintêr, lêpasing budinipun sagêd nyampurnakakên ubaling kadrêngkèn, pamolak-maliking ginêm luwês.

Mênggah pasêksènipun bilih kadrêngkèn punika dumunung ing tiyang pintêr, para maos kaparênga maos Sêrat Umayon Pal, kados punapa wêgigipun pun drêngki nalika badhe damêl piawon dhatêng pun Kuturbèh, tanpa kêndhat anggèning ngingar-ingêr kalêpasaning kadrêngkènipun, ingkang adhêdhasar kalantipaning budi, wosipun inggih namung pados kalêganing manah. Manawi mirid saking cariyos punika, kadrêngkèn punika sagêd nulari, awit Sang Prabu Singa, sarêng pasah dening wêwadulipun pun drêngki, inggih atêgês tumut drêngki.

Yèn ing Sêrat Menak, pêpêthinganing kadrêngkèn punika dumunung Sang Anindyamantri Bastak, ingkang lajêng tumular dhatêng ratunipun, Prabu Nusirwan, nata ing Madayin. Ing ngriku kêtingal sangêt ngêlanturing kadrêngkènipun, [ka...]

--- 475 ---

[...drêngkènipun,] ngantos mantun piyambak dipun bên kalihan tiyang sanès, nama sampun têlas-têlasan.

Yèn ing jaman purwa makatên, botêna dipun cariyosakên, sintêna kemawon inggih priksa, bilih gêgêdhuging kadrêngkèn punika wontên Patih Arya Sangkuni. Pundi nate wontên lampahan Patih Arya Sangkuni nuju sae panggalihanipun, sabên jêdhul inggih lajêng adat sabên kemawon. Punapa Patih Sangkuni bodho, O pintêr sangêt, dhasar patihing nata binathara, limpad dhatêng kridhaning ulah praja, sagêd anglêbêti sasêlaning èwêd-pakèwêd.

Bokmanawi cariyos-cariyos lêlampahan ing nginggil wau namung pasêmon, tiyangipun yêktos botên wontên, nanging kosokwangsulipun, botên wontênipun Patih Sangkuni, malah kathah tiyang ingkang kados panjênênganipun. Dados kalangkunganipun para linangkung ing jaman kina, punika tumrapipun ingkang purun angyêktosi, wajib ngucapakên pangalêmbana, dene sagêd anggambar wêwatêkaning tiyang pinanggih anocogi, dalah wayanganipun Patih Sangkuni kemawon, têka inggih kêtingal kados bêdhahaning wêwatêkanipun, punapa tumrapipun tiyang ugi makatên.

Ing sapunika kadospundi rekadayanipun, murih kadrêngkèn punika sagêd sumingkir saking têtiyang ingkang kadunungan, punika gampil angèl. Nanging sarèhning tiyang punika kawasa, saya tumrap ingkang pinunjul, kados sampun botên kêkilapan malih.

Bab Kasarasan

Paedahing Jandhela.

Kathah-kathahipun bôngsa kula Jawi, langkung-langkung sadhèrèk padhusunan, griyanipun kados kanthong, wingking sarta iringan buntu babar pisan, namung wontên kori ing ngajêng, wontên sawatawis ingkang ragi kacêkapan sagêd yasa griya tembok utawi gêbyog, nanging botên dipun sukani jandhela. Wontên ugi ingkang kasukanan ananging dèrèng mathuk utawi klintu pandamêlipun, ingkang makatên wau kabêkta saking dèrèng mudhêng sangêt dhatêng paedahipun, mila saking pamanggih kula bab punika prêlu dados isining Kajawèn ngriki, awit Kajawèn punika upaminipun kados pêthining kawruh tumrap bôngsa kula Jawi ingkang kapetang taksih sakêdhik kawruhipun.

Mênggahing tiyang padhusunan, rumaosipun jandhela wau pêpaesan utawi rêrêngganing griya, mila anggènipun damêl inggih botên mawi manah paedahipun, namung ambujêng asri tiningalan, ciyut-ciyut tur botên nate kabikak.

Dene jandhela makatên sanès pasrèn utawi rêrêngganing griya, nanging gadhah kajêng lan paedah agêng sangêt, inggih punika margi gontas-gantosing hawa utawi angin, sarta margi lêbêtipun soroting srêngenge dhatêng griya.

--- 476 ---

Têmbung mati kêplêpêgên, kula têrangakên cêkakan makatên: tiyang gêsang punika ambêkan, nyêrot hawa kawêdalakên malih, wêdalipun wau ambêkta rêrêgêding badan, dados hawa kangge ambêkan wau kenging kula ngibaratakên toya rêsik kangge ngumbah-ngumbahi barang rêgêd. Toya rêgêd botên sae kangge ngumbah malih, awit botên damêl rêsik, malah nulari rêgêd, dados kêdah sontan-santun toya ingkang taksih rêsik. Makatên ugi hawa rêgêd ingkang mêntas mêdal, bilih kasêrot malih, malah mêwahi rêgêding badan. Rèhning rêrêgêd wau racun utawi wisa ingkang mandi sangêt, ngungkuli upasipun sawêr wêlang, sagêd damêl sakit utawi pêjah salêbêtipun sawatawis mênut kemawon. Tiyang ingkang kalêbêtakên pêthi rapêt tanpa bolongan, pêjah kêplêpêgên botên ngantos jam-jaman.

[Grafik]

Griya wangun Jawi mawi jandhela sampun manut pranatan.

Pêthi wau pêthanipun griya tanpa jandhela, rèhning griya mawi bolongan kori sarta langkung jêmbar, mandinipun wisa inggih sawatawis tambar, botên ngantos mêjahi, ananging ugi taksih mêksa ambêbayani nuwuhakên sêsakit warni-warni.

Dados jandhela wau kenging kula upamèkakên pancuran sarta ilèn-ilèn toya kangge ngumbah-umbahi, têrangipun kangge margi lêbêtipun hawa enggal, rêsik, saking Jawi, sarta margi wêdalipun hawa ingkang sampun buthuk.

Kados makatên awonipun hawa ingkang sampun buthuk dhatêng tiyang. Tuwuka nêdha lan ngombe ingkang eca-eca, bilih pijêr nyêroti hawa buthuk ingkang tansah mulêg ing nglêbêt griya inggih tansah sakitên.

Ing wasana para sadhèrèk padhusunan ngrêtosa dhatêng manpangatipun jandhela, bilih andamêl griya kasukanana jandhela ingkang kathah sarta wiyar-wiyar, sampun ngetang rugi waragadipun, awit badhe malês kasaenan, nêbihakên sêsakiting tiyang sagriya.

Sintên ingkang ngetang rugi andamêl jandhela, botên sande badhe rugi ambayar dhukun.

Pun Nirrasa, Tumpang.

Kasarasan

Kasarasan punika sanguning ngagêsang ingkang nêbihakên sambekala, awit tiyang saras punika ajinipun ngungkuli tiyang sugih ingkang sakitên, mila tiyang wajib tansah ngudi murih dipun cêlaki ing kasarasan.

--- 477 ---

Bab Têtuwuhan

Katès

Katès punika sawênèhing wowohan ingkang kêlimrah sangêt, ing sabên panggenan ingkang hawanipun bêntèr tamtu wontên, tuwin satunggal-satunggaling nagari anggènipun mastani beda-beda, wontên ingkang katès, tela gantung, tuwin sanès-sanèsipun. Dene katès punika wontên ingkang gantilanipun cêlak, wohipun nèmplèk ing uwit, limrahipun dipun wastani gambêlok, punika ingkang dipun sênêngi ing tiyang, raosipun lêgi, dene satunggalipun dipun wastani grandhèl, wohipun alit-alit, gumantung ing gagang panjang-panjang. Punika botên dipun pilala ing tiyang.

[Grafik]

Katès limrah

Dene katès ingkang gantilan cêlak wau warni-warni, nanging botên kêlimrah satunggal-satunggaling namanipun, kados ta: agêng panjang, ngantos sagêd sakêndhil, punika lêginipun botên sapintêna, nanging agêng saha kandêling dagingipun andêmênakakên sangêt. Wontên ingkang panjang andalondèng, punika raosipun sok tungtung pait. Wontên ingkang sêmu gèpèng agêngipun botên sapintêna, raosipun lêgi anglêg. Wontên ingkang bundêr anjêmbêluk, dagingipun tipis namung kêbak isi, punika inggih lêgi, wontên ingkang jêne, dipun wastani katès êmas, punika namung pèni wontên ing wujud, godhong dalah wohipun jêne, wohipun manawi sampun sêpuh dados jêne sêpuh sulak abrit, manawi dipun tanêm wontên ing pakarangan kêtingal asri. Tuwin taksih kathah panunggilanipun malih.

Katès punika mèh kêlimrah dipun doyani ing tiyang, awit golonganing wowohan ingkang botên damêl sakit malah manawi tiyang kêladuk [kêla...]

--- 478 ---

[...duk] nêdha katès, sagêd nyaèkakên susukêr.

Katès ingkang taksih ênèm kenging kangge kêlan ingkang adèn dipun angge manisan. Ingkang satêngah matêng dipun wastani kêmbang kapas, sampun jêne nanging taksih kriyak-kriyak, eca kangge rujakan.

Godhong katès punika tumrap ing bôngsa Jawi mèh kêlimrah kangge jampi, malah kathah tiyang ingkang karêm nêdha godhong katès kuluban kangge lawuh nêdha, paedahipun damêl lêganing wêtêng, raosipun pait. Nanging manawi nêdya ngicalakên paitipun gampil kemawon, kagodhoga kalihan lêmpung, punika paitipun sagêd ical babarpisan. Dene tumrap kangge jampi, saking cariyosipun tiyang, sae ingkang godhong katès grandhèl, makatên ugi manawi kangge manisan.

Saking kêlimrahipun, mèh sabên tiyang rêmên nanêm katès wontên ing pakarangan, awit tumrap tiyang ingkang botên gadhah, saksat nguwitakên kêlanan utawi wowohan, manggènipun trimah papan sakêdhik tuwin tanpa pilih siti. Nanging tiyang kathah ingkang dèrèng mangrêtos mênggah sabab-sababipun dene katès punika sok malih, inggih punika asli gambêlok, sarêng wijinipun dipun tanêm awohipun wontên ingkang dados gambêlok, wontên ingkang dados grandhèl, malah trêkadhang dados grandhèl sadaya. Môngka manawi kêtingal dados grandhèl, botên wontên malih kajawi namung dipun têgor, wusana damêl gêla.

[Grafik]

Katès panjang

Ing bab punika wontên ingkang gadhah rekadaya sarana saking nênitèni dhatêng kawontênanipun katès warni kalih wau, mirid nalika taksih alit wusana sagêd kasumêrêpan ingkang calon dados gambêlok tuwin grandhèl, sarêng dipun yêktosi saha dipun tindakakên inggih pinanggih nyata, mênggah rekadayanipun makatên:

Tiyang manawi badhe nanêm katès, andhêdhêra isinipun rumiyin wontên ing papan pangipukan, manawi sampun thukul saha inggilipun sampun sakilan, katanjakna. Sadèrèngipun kanyatakna sarana [sa...]

--- 479 ---

[...rana] dipun bêdhol, manawi oyodipun pancêr kêtingal agêng saha oyodipun rambut rembyak-rembyak punika sae, calon dados katès gambêlok. Dene manawi oyodipun pating srawèh, botên turut, punika calon katès grandhèl, prayogi kabucal kemawon.

Ing wusana bilih wontên ingkang kagungan sêsêrêpan sanèsipun malih, mugi kaparênga nguconi wontên ing Kajawèn ngriki.

Ekonomi

Urun Wudhu

Nuwun, sampun ragi sawatawis dintên anggèn kula badhe urun wudhu, ing Kajawèn ôngka 11 mêdal tanggal ping 8 Pèbruari 1928 ingkang asêsirah ekonomi, bab klapa. Dene ingkang badhe kula aturakên ing udyana ngriki, bab gênging pigunanipun klapa, ingkang kula kintên dèrèng sami kasumêrêpan ing ngakathah.

[Grafik]

Ingkang limrah ing pundi-pundi panggenan ingkang sampun dados padatan kita bôngsa Jawi damêl lisah klêntik saking klapa punika migunani sangêt dhatêng sadaya bôngsa. Mênggah pandamêlipun lisah klêntik punika, sanadyan botên kula têrangakên ing ngriki, kados para maos sampun sami priksa kalayan têrang. Namung ingkang prêlu kula têrangakên ing ngriki, inggih punika gunanipun klapa, ingkang kula kintên dèrèng sumêbar ing ngakathah.

Parudan kalapa punika manawi sampun kapêrês kapêndhêt santênipun, ampasipun kabucal kangge lêmèn, têdha babi, ayam lan sanès-sanèsipun. Kawontênan kados makatên wau sajatosipun kalintu, amargi saking dèrèng mangrêtos, môngka ampas ingkang kabucal wau, bilih kaudi kapêndhêt asilipun malih, taksih sagêd mêdal 10% saking asilipun lisah klêntik. Supados andadosakên kawuninganipun para maos, sukur bage sèwu lajêng karsa nular-nularakên dhatêng tôngga têpalih utawi sanak mitranipun ingkang panggaotanipun lisah klêntik.

Mênggah ampasing klapa punika, sasampunipun kapêrês kapêndhêt santênipun, santên kadamêl lisah klêntik [klênti...]

--- 480 ---

[...k] kaklêmpakakên kacampuran toya sawatawis, kabosokakên laminipun ngantos 15 utawi 20 dintên. Manawi sampun bosok, lajêng kaêpe, saengga garing (sagêdipun garing sayêktos laminipun 15 dintên), sasampunipun garing lajêng kaêdang, lajêng kawadhahan mawi tapas ingkang rapêt sampun ngantos malothot, nuntên kapipit mawi pirantosipun (saèmpêr pipitan lisah klêntik), sampun têmtu kemawon sasampunipun kapipit lajêng mêdal lisahipun (anggènipun mipit rambah-rambah ngantos apoh). Lisah punika dipun wastani lisah gamplong.

Paedahipun lisah gamplong wau botên sarupi lisah klêntik, jalaran ambêtipun botên eca. Ananing bilih kasade dhatêng pacinan, ingkang sampun kula sumêrêpi kalayan têrang awis rêginipun, ing dalêm sablèg petroliyum sagêd pajêng f 7.50 utawi langkung. Sapunika sampun sagêd kasumêrêpan bilih satunggiling barang ingkang sampun kaanggêp botên kangge, têksih kenging kapêndhêt asilipun ingkang botên sakêdhik. Môngka ampasipun (kêthak) kajawi kenging kangge kajêng obong, bilih kacampur kalihan talethong, sae sangêt kangge rabuk. Mila kita prêlu sangêt tansah angudi indhaking kawruh, indhaking asilipun ingkang botên adamêl karugianipun sanès.

Suprapta. Ing Imagiri.

Jagading Wanita

Bab Makruni

Kados para wanita sampun botên kêkilapan dhatêng dhaharan ingkang dipun wastani makruni, tuwin sampun kêlimrah ing pundi-pundi wontên, nanging bokmanawi dèrèng wontên ingkang priksa mênggah cara pandamêlipun, limrahipun namung priksa sasampunipun wontên ing wadhah dhus pasagèn panjang tuwin sanès-sanèsipun.

Ing nginggil punika gambar papan kangge ngêpe makruni ing Itali. Makruni wau ingkang kadamêl galêpung gandum dipun juri ing toya, sasampunipun dipun damêl wangun alit panjang-panjang, lajêng dipun pe kasampir-sampirakên ing sampiran ingkang awangun kados gawangan. Saupami botên kacariyosakên, bilih ingkang katingal larik-larik punika makruni, tamtu dipun wastani manawi gribig dipun bèbèr.

Mênggah makruni punika limrahipun namung kadamêl ampasing sop, sop ingkang makatên punika inggih lajêng karan sop makruni. Wontênipun makruni punika limrahipun namung kangge sop, bokmanawi namung saking pados waragad ingkang miring piyambak, [piyamba...]

--- 481 ---

[...k,] utawi pados ingkang gampil panggarapipun. Tur salugunipun manawi prakawis iriding waragad, inggih botên, awit sop makruni punika kêdah kiyat duduhipun ulam, manawi ngangge ulam ayam inggih kêdah milih ayam èstri ingkang madhêp.

[Grafik]

Papan kangge ngêpe makruni

Wontên malih olah-olahan makruni ingkang dipun wastani sêtup, pandamêlipun makatên:

Ngêkuma makruni ing toya wedang sacêkapipun, manawi sampun mêdhok lajêng dipun êntasa ing kalo, murih atusipun. Lajêng ngracika brambang rajangan, puhan, lidhah asin dipun iris-iris tipis, martega, kèju kasisir, sawênèh wontên ingkang dipun parud. Makruni wau lajêng dipun lêbêtakên ing wadhah ingkang kenging dipun dèkèk ing papan pangêpanan, pandèkèkipun dipun sêlang-sêling ing lidhah, rajangan brambang tuwin sisiran kèju, supados prênah ing sap-sapan mukêt, lajêng dipun siram ing puhan, manawi sampun tumumpang ing pan dipun soki ing martega, kapara kaladuk, wusana lajêng dipun pan. Samôngsa sampun jêne lajêng dipun êntas. Dhaharan punika kangge dhahar wanci sontên.

Mênggah pangukuring abên-abênan, punika gumantung wontên ing sakaparêngipun, dene lidhah asin wau inggih kenging dipun santuni lidhah enggalan, awit tumrap ingkang botên kaparêng dhatêng asin pancèn ragi kasinên.

Dene pamilihipun makruni ingkang sae punika, warninipun pêthak botên anggônda, manawi dipun coklèk cêmêklik.

--- 482 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Sabibaripun Bakda Riyadi

Garèng : Lha, Petruk, kabênêran kowe têka mrene. Sabubare sungkêm Rama, kowe kok banjur makblas ora karuan, banjur lunga nyang ngêndi bae. Rekaku mono kowe arêp tak jaki sowan nyang para priyayi lan para sêpuh liya-liyane, barêng tak tolih têka wis ora katon buntute.

Petruk : Wah, aku wis mubêng-mubêng têkan ing ngêndi-êndi, nganti sikilku rumasa thêyol, lan wêtênge kaya arêp bêdhah-bêdhaha, cêkake dina bada riyadi tumrape wong tuwa ora jênêng dina sênêng ananging aran dina nalôngsa têmênan. Seje karo kalane isih cilik. Wah, la kuwi kêna diarani sèwu bungah, sèwu sênêng, didadèkake siji têmênan. Apa manèh yèn uwis macak: klambine bêskap kuning dikalungi pitah irêng, jarite parangrusak wirone anjalirit. Barêng kêpêthuk prawane tanggane, lakune sanalika banjur dilêngut-lêngutake, rumasane prasasat kaya Bambang Irawan mênang lotre.

[Grafik]

Garèng : Hara, apa pantês ana lêngut-lêngut kathik kaya Bambang Irawan mênang lotre.

Petruk : Lho, kuwi kang aran satriya sajati. Kowe rak sumurup ta Rèng, wong mênang lotre kuwi sawijining kabêgjan gêdhe, ewadene sanajan olèh kabêgjan gêdhe sarta ing batin bungah bangêt, ananging Bambang Irawan lakune mêksa isih ajêg lêngut-lêngut bae. Dadi karêpe: wong kuwi nèk pancèn turuning satriya tus, susaha utawa bungah dikayangapa, ora bakal diêdhèng-êdhèngake ing liyan, awit kuwatir, manawa bungah utawa susahe mau dikaton-katonake, ora wurung bisa amuwuhi dosaning liyan.

Garèng : Wah, la saya judhêg pikirku, ha wong nglairake bungah utawa susahe, têka bisa muwuhi dosaning liyan. Yah, Truk, bok kôndhaa sing cêsplêng, aja kok nyara cangkriman mêngkono.

Petruk : Lha wong kowe, Rèng, Rèng, tuwaa kae tuwaning timun, isine mung banyu thok bae. Wong urip nyara tuwa kuwi rak kudu sing bisa ngulir budine, aja kok mung ngêgul-êgulake tuwane bae. Seje karo adhimu sing jonggrong-jonggrong kiyi, apa bae mêsthi tak lakoni lan tak êcaki dhewe, prêlune bèn bisa mêruhi obah-musiking dunya kiyi. Mulane iya pikirên bae: diajak saba masjid iya ora wêgah, kadar anak turune wong Islam, diajak main iya nurut, amarga sanadyan aku kiyi mung priyayi partikulir bae, ananging

--- 483 ---

toh iya cêkêl gawe arane, dadi sabisa-bisa iya kudu ngênggoni prajane, dene diajak nayuban aku iya ora bakal mundur, dhasar aku pancèn anak putune wong ahli anjogèt. Lho rak mangkene kiyi wong kang diarani bisa manjing ajur-ajèr.

Garèng : Lho, kok banjur pêtontang-pêtontong ngalêm awake dhewe, lan pitakonku durung kok wangsuli.

Petruk : Lho, kuwi mangkene: yèn kowe kabênêr olèh kabungahan, têka banjur koêdhèng-êdhèngake nyang wong liya, iya yèn wong mau cocog karo kowe, nèk ora, têmtune nang buri rak banjur ngomong sing ora kapenak tumrape awakmu, kaya ta: hêh, wong rupane ora kabênêran ngono kathik olèh kabungahan samono, la iya wis masthi bae banjur mêndêm, lan banjur ora eling yèn asale saka lêmah sarta besuk kudu bali nyang lêmah manèh, rumasane awake kuwi putrane Bêndara Gusti Allah. Muni-muni mangkono mau tuwuhe mêsthi saka ati panas, apa wong kuwi ora olèh kadosan kang gêdhe, jalaran mêmisuhi titahing Pangeran, mangkono uga kowe sathithik-sathithik iya mèlu kacèprètan dosa mau, amarga kowe sing awèh marga wong mau banjur mêmisuh nyang awakmu. Kosokbaline, yèn kowe anglairake susahmu nyang wong sing ora cocog nyang kowe, têmtune nang buri wong mau ora mêlas nyang kowe, ananging malah anggêguyu, nyokurake utawa ngerang-erang nyang awakmu. Anggêguyu lan ngerang-erang nyang padhaning manusa, kuwi rak padha bae karo anggêguyu utawa ngerang-erang mênyang gaweyane kang kuwasa, apa wong mau banjur ora kadosan nyang Pangeran, mêngkono sabanjure.

Garèng : Aku kok rada ngungun, ingatase kowe rêmbuge kok sajak dhalang wayang jêmblung ngono. Ora Truk, mara critakna nyang aku, sababe apa ing dina lêbaran têka kok anggêp dina kang nalôngsa bangêt.

Petruk : Le ora nalôngsa bae kêpriye, kajaba sikile theyol marga kakehan anggone laku dhodhok, uga payah bangêt awake amarga anggone tansah jêngkang-jêngking bae, kajaba kuwi wêtênge rasane iya muyug-muyug têmênan, jalaran saka kakehan anggone ngombe wedang lan mangan nyênyamikan. Arêp ora diombe wedang suguhane, ora kapenak, arêp diombe wong sok ngajak gêlut ana ing sajêrone wêtêng. Mara ta pikirên manawa kabênêran sowan nyang priyayi sêpuh sing anggusti nyang dhuwit, wedange tèh jog-jogan ping sangalikur, panganane kêringan, saking atose nganti ngobahake untu. Arêp diombe utawa dipangan panganane ora mêntala, arêp diênêngake bok diarani sêmbrana karo priyayi sêpuh. Nèk eman-eman ambuwang dhuwit, kuwi bok aluwung aja nyuguh bae.

Garèng : Wis, wis, la kok banjur kêdlarung-dlarung. Omonga nyang aku bae, apa kowe sowan nyang kabupatèn.

Petruk : Ora Rèng, wong aku kiyi rumasa [ru...]

--- 484 ---

[...masa] yèn mung wong partikulir bae, dadi nèk sowan kangjêng bupati môngka ora didangu, mundhak kêrônta-rônta rasaning atiku.

Garèng : Pikiranmu kuwi le cok cupêt mêngkono, andene omong nèk bisa manjing ajur-ajèr, lah bok wong urip kuwi sing sok dhêmên andawakake usus, mara pikirên, harak ya wis bênêre ta, yèn kowe sowan kangjêng bupati. Ya wis mêsthi ora kaya nèk sowan aku, têka banjur gêguyon tabok-tabokan. Balik kangjêng bupati, mêsthine rak ya nganggo caraning bupati, lan upama ora andangu, kuwi kira-kira rak ora marga saka dijarag, saka kèhe sing padha sowan lan saka kèhe sing padha prêlu. Dadi yèn kowe duwe pikiran mangkono, têtêp kaliru surup. Coba saupamane kowe dhewe, ana wong wira-wiri ngambah omahmu, nanging lunga têka ora tau kulanuwun lan ora tau pamitan, apa wong mau ora banjur kosawat munthu bae. Dadi wus wajibe priyayi cilik mau kudu sowan marang kabupatèn, prakara didangu lan ora kuwi satêmêne rak prakara sapele, nanging aku kowe sing cilik, jênêng wis anglungguhi tatakrama, dene kangjêng sing kagungan panggalih kaya karêpmu kuwi, rak kangjêng kala jamane jamakjuja kae, tur mung sawênèh, têgêse siji loro, dadi ora kabèh. Yèn para kangjêng bupati saiki kiyi, dak tanggung sumrambah marang sor-sorane, tur andêmênakake.

Panglipur Manah

Lare-lare ing Griya Pamiyaran

[Mijil]

warna-warna tatanirèng janmi / raras kang linakon / datan liyan mung pamardi sae / amêmayu hayuning dumadi / mrih tinêmu dadi / kasampurnanipun //

kang wus kaprah tataning ngaurip / kang dèn udi ing wong / nênuman mring tindak kotamane / sanadyan ta tan bisa nglakoni / ing ciptane pasthi / mêksa kudu wêruh //

kadi kang wus linakonan janmi / pan sami kemawon / pama janma kang gêgulang lare / luwih-luwih tumrap yayah wibi / dènnya mardisiwi / tan lyan mung mrih ayu //

awit nyata kaanane sami / pangudanging batos / sutanira mrih pinunjul têmbe / ing sumarma duk kalaning alit / saupama siti / winêlêg ing rabuk //

mrih ing têmbe tuwuhirèng wiji / dumadiya longgor / kèbêkan ing dhasar ingkang sae / ngêdohkên ing tindak kang tan yukti / ing satêmah dadi / kudangane wujud //

marma lamun wontên kang pinanggih / lare kang kalakon / anêmahi papa sangsarane / dening koncatan ing yayah wibi / kang pinanggih yêkti / dahad mamlasayun //

awit nyata ananing rarywalit / tan wruh ing lêlakon / kang apindha lung-lungan uripe / lamun kongsi datan dèn lanjari /

--- 485 ---

rumambate yêkti / ngômbra-ômbra amung //

tunanira kang tinêmu wuri / wèh anglêsing batos / dening datan sing lêpating lare / lare amung darma anglakoni / ing wusana aming / ngrasa tumalawung //

mung lalakyan kadi kang winarni / ingkang wus pinanggoh / tumrap tanah Eropah yêktine / wus tinata pamurih sayogi / sanggyaning rarywalit / ingkang mamlasayun //

kang têtela tanpa yayah wibi / kang tan pinupu wong / apan wontên papan sadhiyane / môngka dunung sangkanirèng alit / dèn prêtèni kongsi / praptèng agêngipun //

lir kawarnèng gambar kang sumandhing / nèng Amstêrdham manggon / wus umadêg ing satus warsane / kang wisma gung pamyaran raryyalit / mangkya dèn pèngêti / jangkêp satus taun //

[Grafik]

kathah para agung kang ngrawuhi / miwah para gembong / iyêg dènnya umèngêt anane / punang wisma agung ingkang dadi / dununging raryyalit / tanpa bapa biyung //

anyarêngi tumibaning ari / kang rare kumroyok / apan samya pinèt ing sukane / pinistakkên sêsarêngan sami / pan kawuryan ugi / wèh sêngsêming kalbu //

awit saking wus ginulang lami / lan saking wus manggon / datan pisan miris pamanahe / sanadyan wruh kathahirèng janmi / ngeca-eca aming / abujana nutug //

têtunggalan lan kancane sami / katon samya dhokoh / pating klothak swaraning sendhoke / datan ana ingkang dèn ajrihi / dene kang mriksani / amung manthuk-manthuk //

lir sasmita ywa rikuh ing ati / kinèn serap-serop / mrih dadia lêmu ing awake / lan satêmah antuk waras-wiris / ing têmbe amanggih / kayuwanan tulus //

yèn rinasa kaanane yêkti / tumanêm ing batos / dene kathah cacahirèng rare / kang wus lola tan wruh yayah wibi / panglipuring ati / mung nèng dènnya kumpul //

beda lawan uriping raryyalit / tinunggu wong roro / yèku bapa kalawan biyunge / ingkang wênang dèn adèn-adèni / mila kang pinanggih / anggung mênggak-mêngguk //

marma wajib sanggyaning raryyalit / sukur ing Hyang Manon / ingkang maksih darbe wong tuwane / apan uga ingkang kosokwali / wong tuwa kang bangkit / amomong mring sunu //

--- 486 ---

Cariyos Warni-warni

Taman Sriwêdari

Ingkang nama taman Sriwêdari punika, manawi ingkang kacariyos ing Sêrat Arjunasasra, taman pujan kagunganipun Prabu Arjunasasra, mênggah èdipèninipun botên beda kalihan patamanan ing suwarga, awit punika pancèn asli saking papujanipun Sri Bathara Wisnu.

Sanadyan kathah nama-nama ing jaman kina, ingkang tinelad kangge nama ing jaman sapunika, kados ta: namaning tiyang mirid saking namaning ringgit, nanging tumrap nama Sriwêdari dèrèng nate wontên ingkang nulad, kajawi taman Sriwêdari ing Surakarta. Wontênipun nulad nama wau, bokmanawi inggih wontên miribipun, awit kawontênanipun ugi sarwa nêngsêmakên, malah tumrap ing taman Sriwêdari sapunika mênang kenging dipun nyatakakên.

Mênggah dadosipun taman Sriwêdari ing Surakarta, wontên babadipun sawatawis kados ing ngandhap punika:

Kacariyos sakondur dalêm Ingkang Sinuhun Pakubuwana kaping II ing Kartasura saking Panaraga, uninga bilih karaton dalêm kathah karisakanipun, ingkang jalaran tinêmpuh ing wadya Cina.

Ingkang sinuhun lajêng dhawuh madêg papan ingkang prayogi kagêm pindhah kadhaton, wusana manggih papan ingkang prayogi nama dhusun Sala, namaning dhusun karan saking namanipun ingkang ngênggèni, inggih punika abdidalêm jajar nama Ki Busala. Dene têlênging dhusun Sala punika kaprênah pojok kidul wetan baluwartining kadhaton, tuwin ing ngriku taksih wontên patilasan kuburipun Ki Busala, asring dipun dhatêngi ing tiyang ingkang nêdya tirakat.

Nalika badhe nêtêpakên papan badhe adêging kadhaton, kacariyos mawi mêndhêt piridan saking lampahing gajah, ing pundi mangke kèndêling gajah wau, inggih ing ngriku ingkang badhe kaadêgan.

Kalampahan kagungan dalêm gajah dipun lampahakên saking Kartasura mangetan, lampahing gajah dipun tutakên ing abdidalêm kathah. Sarêng lampahipun dumugi laladan Sala taksih lajêng mangetan, wusana lampahing gajah lajêng kèndêl, malah lajêng andhêkêm. Saking gotèking tiyang sêpuh, pandhêkêmipun gajah wau wontên panggenan ing prênahipun ing pasitèn sakidulipun loji Sriwêdari, ingkang sapunika kangge balekambang, kados ingkang kacêtha ing gambar, wusana kalampahan ing kanan keringipun ngriku dipun cithak badhe kangge kadhaton, sampun dipun tanêmi waringin punapa. Dhusun wau nama dhusun Kadipala, ngantos sapriki namaning dhusun wau taksih kangge. Nanging lajêng wontên wêca anusuli, bilih kadhaton badhe kalampahan wontên ing ngriku, badhe botên widada, mila lajêng mingsêr mangetan sakêdhik, inggih punika kados kawontênaning kadhaton ing sapunika.

Bab kawontênaning dhusun Kadipala lajêng botên kocap malih. Saha ing prênahing gajah andhêkêm tuwin kanan keringipun lajêng dados papan pemahan ingkang wiyar [wi...]

--- 487 ---

[...yar] sangêt, ing ngriki namung badhe nyariyosakên pakarangan ingkang dados taman Sriwêdari kemawon.

Sarêng dumugi jaman jumênêng dalêm ingkang sinuhun ing sapunika, satrêping taman Sriwêdari namung dados tigang bagian, ingkang sisih wetan nêkuk urut sisih kidul, pemahan kagungan nagari, ing ngriku wontên lojinipun agêng, ingkang sapunika kangge museum. Loji wau kagolong sampun ragi kina, kacariyos ingkang damêl sawênèhing Walandi nama Tuwan Susman, nanging manggènipun ing ngriku botên dangu, mila kêtingalipun namung suwung kemawon, saking cêcariyosaning tiyang, mila botên wontên ingkang ngênggèni, jalaran angkêr sangêt. Lajêng nate dipun dalêmi ing Kangjêng Pangeran Arya Mangkudiningrat ngantos sawatawis taun, sasampunipun punika lajêng suwung malih. Ing sakilènipun loji wau wontên pemahan malih, ing ngriku griyanipun Ki Padmasusastra, inggih nalika wontên ing ngriku punika, Ki Padma pinuruitan ing para ngudi kasusastran Jawi, papan ingkang dipun ênggèni wau karan ing Lamongan, kapiridakên ingkang cikal bakal ing ngriku nama Mas Ngabèi Lamong. Ing sakilènipun malih wontên pakarangan ingkang kinupêng ing barongan ori pêtêng asingup, griyanipun ing ngriku ngantos botên katingal, ingkang gadhah Mas Ngabèi Karyadôngsa.

Sarêng ing papan wau badhe dipun angge kêbon raja (Sriwêdari), têtiyang ingkang manggèn ing ngriku sami kadhawuhan pindhah, dene ingkang ngadani sakawit ngantos dumugining maujud patamanan, suwargi Kangjêng Radên Adipati Sasradiningrat, inggih Kangjêng Ngendraprastha. Dalah ingkang maringi nama Sriwêdari wau ugi suwargi kangjêng radèn adipati.

Nalika sawêg ambabar enggal, wujuding taman Sriwadari namung kêtingal ngênthak-ênthak, dening têtanêmanipun taksih sarwa enggal, nanging dangu-dangu saya wêwah-wêwah sae, dumuginipun ing sapunika, [sapuni...]

--- 488 ---

[...ka,] kenging dipun wastani ngêplêki kados adining taman Sriwadari yêktos. Wontên museumipun ingkang isi barang-barang kina tuwin barang-barang kagunan Jawi dêlês, buku-buku ingkang kenging kawaos (taman pustaka) punapadene sato kewan warni-warni.

Malah ing sapunika têtêp, bilih ing Sriwadari punika dados dununging tiyang among sênêng, awit sintên ingkang dhatêng ing ngriku badhe botên kêcuwan ing galih, dalah dhaharan punapa sampun wontên ingkang nyadèni, saya manawi nuju dintên Ngahad (wiwit malêmipun pisan) saha manawi pancèn nuju kangge papan karamean, untabing tiyang saha wontêning têtingalan ngantos adamêl gawokipun tiyang ingkang nêmbe sumêrêp.

Gambar ingkang kapacak ing ngriki punika sawênèhing papan kasênêngan ing Sriwadari, awarni pulo kinupêng ing toya, toyanipun bêning kêtuwuhan ing sêkar tunjung pating prêlok ngrêrêngga asrining toya. Satêngahing pulo wontên griyanipun mêglik-mêglik, ingayoman ing kêkajêngan ngrêmbaka. Marginipun ingkang anjog ing ngriku sinambêtan ing buh pèni. Ing pulo ngriku dipun dèkèki guwan, angongkang dhatêng balumbang, wontên rêcanipun ingkang kêtingal kumambang ing toya, kados sasmita suka pitêdah, bilih ing ngriku punika dununging papan kasênêngan. Dene nyatanipun sintên ingkang wontên ing ngriku nuju dintên Ngahad, tamtu sagêd ngêmatakên dhatêng pamoring pangraosipun, inggih punika nyumêrêpi wêwarnèn ingkang sae ingkang adamêl sêngsêm, mirêngakên suwaraning jès bèn, ingkang karaos nênangi manah, saha salira kasilir ing angin sae araos lês-lêsan. Kalêmpaking raos wau tamtu mahanani dhatêng raosing badhe muksa, nanging sarèhning lêlampahan wau namung pinanggih ing papan kasênêngan, raosing badhe muksa wau dipun santuni badhe tilêm kemawon.

Amila tumrapipun tiyang amônca, manawi dhatêng saking botên nyumêrêpi kawontênanipun Sriwêdari, kenging dipun wastani dèrèng srawungan kalihan jiwanipun Surakarta.

Cariyos Wigatos

Kawontênanipun Sophyèt Ruslan Ingkang Sajati

Candhakipun Kajawèn ôngka 22

XVII. Pêthikan saking sêrat kabar A.I.D.

Kawontênanipun ekonomi.

Sadaya-sadaya ingkang sampun tumindak ing Ruslan, punika amratelakakên bilih dhêdhasaring wèt tataning gêsang sêsarêngan badhe lêstantun kemawon, makatên ugi sanadyan wontên pamarentah enggal ingkang botên badhe amigatosakên dhatêng wèt-wèt wau. Prentah-prentahing parte tamtu kapagol dening kawontênan-kawontênan ingkang kêkah saha santosa wau, botên beda kadosdene gabus ingkang [ing...]

--- 489 ---

[...kang] kasawatakên dhatêng tamèng waja, têmtunipun inggih botên badhe damêl punapa-punapa. Dene ingkang dipun wastani dhêdhasaring wèt-wèt wau, inggih punika: ing saindênging nagari botên sagêd anyadèni langkung mirah tinimbang pokokipun, amargi kapitunanipun wau lajêng kêdah dipun bayari dening arta nagari. Ingkang makatên wau nagari lajêng kapêksa ngêdalakên arta kêrtas langkung kathah, ingkang anjalari ajining arta kêrtas dados mundur sangêt. Babading petanganipun arta rubêl, kala ing taun 1920 dumuginipun taun 1923, punika kemawon sampun ewon yutan, saha kenging kangge satunggiling pasêksèn ingkang yakin sayêktos. Wèt sanèsipun inggih punika: limrahipun tiyang botên sagêd nglêbêtakên barang langkung kathah tinimbang anggènipun ngêdalakên dhatêng sanès praja, awit manawi botên makatên, ajining arta ugi sagêd mêdhak.

Kalanipun arta Sopyèt sampun jangkêp gangsal taun umuripun, Rykof anêrangakên bilih sêdyaning pulitikipun pamarentah Sopyèt ing bab ekonomi, punika supados ajining arta ing nagarinipun sagêda tansah têtêp kemawon.

Dados kawontênan rêgining barang-barang punika inggih gêgayutan kalihan agênging balanjanipun kaum bêrah, botên beda kalihan kawontênanipun nagari-nagari ingkang dhêdhasar kapitalismê. Kala ing taun 1922 dumuginipun taun 1924, blanjaning kaum bêrah sami dipun indhakakên, rêgining barang-barang inggih tansah mindhak-mindhak, lan indhaking rêrêgèn wau langkung rikat tinimbang rêrêgènipun gandum, ingkang punika para tani saya dangu inggih lajêng saya botên sagêd numbasi barang-barang pabrik, ingkang angsal-angsalanipun arta saking pamêdaling sitinipun, murih sagêdipun ananggulangi kawontênan-kawontênan ingkang botên sae wau, amila murih sagêdipun ngicalakên anggèning para tani saya dangu saya botên sênêng manahipun, lajêng dipun wontênakên undhang-undhang, supados rêgining barang-barang pabrik sampun ngantos mindhak babarpisan. Dene sagêdipun kalampahan ingkang makatên punika ngêmungakên manawi blanjaning kaum bêrah botên lajêng dipun indhakakên malih. Ingkang makatên wau ugi lajêng katindakakên salêbêtipun taun-taun ingkang kantun punika. Blanjanipun dipun indhaki, manawi angsal-angsalanipun ingkang dipun garap langkung kathah, ananging indhakaning blônja wau botên sami kathahipun kalihan angsal-angsalan ingkang dipun garap. Miturut punapa ingkang dipun sêdyakakên dening komisi rancangan, ing salêbêtipun gangsal taun ingkang badhe dhatêng punika, indhaking blanjanipun kaum bêrah punika kintên-kintên dumugi 25%, ananging indhaking pangasilan punika sagêda ngantos 40%.

Ing sarèhning kawontênanipun pabrik-pabrik dèrèng patos sampurna, amila blanjaning para kaum bêrah inggih andhap sangêt. Kala ing taun 1927 radin-radinipun 620 rubêl ing dalêm sataunipun, utawi 52 rubêl ing dalêm sawulanipun. Ananging ing bab punika kêdah dipun èngêti, bilih ing wêkdal punika pangajining rubêl punika namung 44% nipun kala sadèrèngipun tuwuh pêrang, dados mênggah pikajênganipun, ing samangke punika têtumbas mawi arta sarubêl angsaling barang sami kemawon kalihan tutumbas mawi arta kathahipun 44 nopêkên (44/100 rubêl) kala ing taun 1913.

Dados manawi nitik kathahing barang ingkang katumbas mawi arta wau, balanjaning para kaum bêrah samangke punika (52 rubêl sawulan) kenging kasamèkakên kalihan kalanipun dèrèng pêrang, kintên-kintên 25 rubêl utawi 30 rupiyah sawulanipun. Para punggawa saha para tukang, punika blanjanipun sami dipun langkungi, malah langkunganipun wau kathah sangêt, ingkang punika kapara kaum bêrah ingkang kathah blanjanipun malah langkung andhap tinimbang radin-radinipun kados ingkang kacariyosakên ing nginggil wau. Para kuli têtanèn saha kuli dintênan, punika radin-radin balanjanipun namung 20 rubêl arta sapunika ing dalêm sawulanipun, ingkang pangajinipun sami kalihan 9 rubêl kalanipun dèrèng pêrang, dados balanjanipun wau kintên-kintên ing dalêm sadintênipun namung 50 sèn. Ingkang punika lajêng mèh anyakêti kalihan bayaranipun kuli ing tanah Indhiya, ananging ing ngriki para maos kêdah angèngêtana, bilih saking saklangkung asrêping hawanipun, têtiyang ing Ruslan bêtahipun dhatêng pangangge, griya, tuwin ingkang damêl angêt-angêt sarta sêpatu langkung kathah tinimbang têtiyang Indhiya. Manawi ukuraning hawa wontên 25 grad, ing ngrika tiyang kêdah ngangge sêpatu, pangangge ingkang angêt-angêt, sanadyan ta namung gombal-gombalan kemawon, makatên ugi griyanipun kêdah dipun bêntèri, lan kêdah sagêd katutup rapêt.

Tumrap sawatawis golongan têtiyang Indhiya, ingkang sajak anggadhahi manah repolusiyènèr lan botên narimah dhatêng balanjanipun, ing ngriki kados wontên gunanipun anyêbutakên ôngka-ôngka sasèsipunsanèsipun. malih. Blanjanipun para kaum bêrah ing pabrik-pabrik radinipun 684 rubêl ing dalêm sataunipun, dados balanjanipun wau langkung kathah tinimbang radin-radinipun kaum bêrah ing saindênging nagari, sababipun, amargi têtiyang wau kathah para tukangipun ingkang angsal bayaran langkung kathah, ngantos 1500 rubêl tuwin langkung. Blanjaning punggawa kantor ing dalêm sataunipun radin-radin 813 rubêl. Ananging para punggawa dhepartêmèn pangajaran radin-radin bayaranipun namung 588 rubêl, punggawa dhepartêmèn tumrap kasarasaning kawula 581 rubêl, dados langkung andhap tinimbang blanjaning radin-radinipun para kaum bêrah ing saindênging nagari, punapa malih manawi katimbang kalihan kaum bêrah ing pabrik saya langkung andhap sangêt. Para guru dhusun ing samangke blanjanipun botên langkung saking 20 dumuginipun 25 rubêl ing dalêm sawulanipun, dados sami kemawon kalihan balanjaning kuli têtanèn utawi kuli dintênan, dene blanjaning para dhoktêr wontên langkungipun sakêdhik. (Badhe kasambêtan)

--- 490 ---

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Miturut pawartos tilgram tanggal 22 wulan punika, pangadilan ing nagari Walandi, ingkang mriksa prakawisipun sêtudhèn Tuwan-tuwan Muhamad Hattah, Nasir Pamuncak, Adiningrat, tuwin Sastra Amijaya, andhawuhakên karampungan bilih tuwan-tuwan sakawan pisan wau dipun luwari saking sêrêgan. Kathah sangêt têtiyang ingkang sami suka wilujêng.

Kala tanggal 24 wulan punika, Tuwan Broekhuyzen irsêtê litnan sêni ing Bandhung numpak motor pit badhe dhatêng Batawi, nalika lampahipun dumugi margi enggok-enggokan sacêlakipun Pabrik Tèh Panglêjar, Kawadanan Cikalong Wetan, pitipun kêplèsèt, ingkang numpaki mêncêlat kêbanting wontên ing galêngan. Ing ngriku kasumêrêpan ing tiyang kalih numpak oto saking Purwakarta badhe dhatêng Bandhung, Tuwan Broekhuyzen nêngah-nêngahi galangsaran, lajêng dipun cariyosakên dhatêng punggawa pabrik ngriku, saha lajêng kabêkta ngangge kreta pabrik dhatêng Kawadanan Cilakong Wetan. Tuwan wau kêtaton sangêt, wontên balungipun iga ingkang tumancêp ing paru, tangan putung, bathukipun pêcah, pêcahaning têsmak tumancêp ing mripatipun kalih pisan. Wusana Tuwan Broekhuyzen wontên ing Kawadanan ngajal.

Tuwan Kwik Siyang Ko bôngsa Tiyonghwa ingkang ngajal wontên ing Samarang, tuwan wau wontênipun ing jagad Tiyonghwa namanipun kêtingal, mayitipun badhe dipun kubur dhatêng nagari Cina.

Pambantu Kajawèn ing Magêlang martosakên, sawênèhing dalu asistèn wadana kitha Magêlang rundha kalihan lurah dhusun ing Rêjawinangun, nyêpêng durjana ambêkta barang-barang pangaos f 350.- pangajênging durjana nama Kartasarjana dipun cêpêng piyambak dening asistèn wadana, durjana nglawan ngantos gulêt sangêt, nanging wusananipun durjana inggih kêcêpêng, (K).

Pambantu Kajawèn ing Purwakêrta martosakên, patirahan ing Kalibacin kathah tiyang ingkang sami mrêlokakên dhatêng adus, pikantukipun tiyang ingkang adus ing ngriku sami saras sêsakitipun gudhig.

Jalaran saking bêna ing lèpèn Sarayu, andadosakên kandhêging lampahipun baita tambangan ingkang ngangkuti motor, dhokar ing Slarang (Cilacap) jalaran arjih nglampahakên.

Sambêt kalihan badhenipun ewah-ewahan pangrèh praja ing Jawi Wetan, parentah bêtah bêrgêmistêr wolu. Wara-waranipun tumuntên badhe kalimrahakên. Sêrat-sêrat anglamar kêdah kaaturakên dhatêng dhepartêmèn pangrèh praja.

Pambantu Kajawèn ing Kroya martosakên, bilih ing dhusun Klumprit tuwin Banjarrêja, ondêr dhistrik Nusawungu, tuwuh sêsakit rajakaya ingkang dipun wastani Sura. Sapunika sampun katindakakên panulakipun sarana dipun suntik. (S).

Kawontênanipun kuli kontrak bôngsa Jawi ing kabudidayan tanah Sumatra, ing taun 1927 wontên 57.777.

Sampun nate wontên wartos, bilih Tuwan Jayadipura, ing Ngayogya, badhe ambêkta ringgit tiyang saniyaganipun dhatêng Amerikah, sampun angsal prajanjian prayogi kalihan dhirèksi kumidhi ing ngrika, nanging mêksa sande dening botên angsal punggawa nyêkapi. Ing sapunika Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kagungan karsa utusan ingkang rayi, Radèn Mas Arya Surya Sugyanta dhatêng Eropah, ambêkta têtiyang ingkang sagêd anjogèd, wontên ing ngrika badhe mitongtonakên jogèd warni-warni. Prakawis gôngsa badhe mêndhêt gôngsa ngrika kemawon.

Kawartosakên, komite sêsorahing Ngayogya badhe ngêdalakên Wetenschappelijk maandblad basa Malayu.

Tuwan E. Th. Tjia tilas dhirèktur Sinpo, badhe ngêdalakên sêrat kabar wontên ing Lampung, tamtunipun inggih basa Malayu, tuwin kintên-kintên dèrèng sagêd mêdal saben dintên.

Ing Brêbês mêntas bêna agêng malih, nanging botên kados ingkang sampun, ewadene margi dhatêng Cirêbon utawi dhatêng Tegal, mêksa botên kenging kangge langkung.

Katêtêpakên dados wadana ing Cianjur, Radèn Danakusuma. Wadana Cilêdhuk, Cirêbon, Mas Sudibja. Wadana Wèltêprèdhên, Radèn Tirta Suyatna. Wadana ing Cirêbon, Mas Sewaka. Sadaya sami wêdalan bêstir sêkul.

Saking Bandhung kawartosakên, jalaran saking tansah jawah, andadosakên bênanipun malih lèwèn-lèpèn,lèpèn-lèpèn. saha ngêlêbi pasabinan ing bawah Cicalengka, Ciparai, tuwin Ojungbrung. Dipun kuwatosakên manawi damêl kapitunan.

Ing dhusun Wakap, Citurup, Serang, tuwuh sêsakit rajakaya ingkang sagêd nular. Kawontênaning rêrigên kangge nyêgah tumularing sêsakit waluwau. sampun tatindakakên.tatindakakên.

--- 491 ---

Wêwaosan

Sêsupe Agêmipun Rajaputri ing Seba

25. Ayang-ayanganing kasangsaran

Sang putri mangsuli sêmu rikuh: inggih, dumadakan piyambakipun mandêng dhatêng kula kalihan pitakèn ngangge basa kula, warni punapa mênggah mripat kula punika. Kula mangsuli, bilih punika gumantung wontên ing sorot ingkang tumêmpuh ing mripat.

Piyambakipun mangsuli: punika botên tingal panjênêngan salaminipun piyulcês, sanadyan aling-alingipun dipun bikaka utawi dipun tutupa, inggih piyulcês. Ingkang punika dhoktêr, kula mugi panjênêngan jarwani, violet (wungu) punika warnining punapa.

Kula amangsuli: inggih punika warnining sêkar alit ingkang tuwuh ing ngajêngakên môngsa bêntèr wontên ing tanah kilenan. Dhuh gusti, punika sayêktos satunggiling sêkar ingkang sae lan alus, gandanipun amrik awangi, warninipun biru sêpuh kados soca panjênêngan punika.

Sang putri ngandika: punapa inggih yêktos ta: dhoktêr. Sêkar ingkang kados makatên punika kula dèrèng nate sumêrêp. Ananging mitra panjênêngan tamtu gêsang, amargi tiyang ingkang badhe pêjah punika tamtunipun badhe botên marduli dhatêng warnining mripat èstri, makatên ugi tiyang edan, inggih botên nyumêrêpi dhatêng warni.

Kula lajêng nyuwun priksa, punapa ingkang makatên punika adamêl karênaning panggalih panjênêngan: gusti.

Sang putri: inggih sampun tamtu kemawon ta. Amargi kula sumêrêp, namung kapitan piyambak ingkang sagêd migunakakên dhinamit ingkang panjênêngan bêkta punika. Ingkang punika tumrap kula inggih prêlu sangêt, bilih piyambakipun lêstantun gêsang.

Kula lajêng awicantên: ingkang makatên punika kula mangrêtos, amila sumôngga mêmuji dhatêng Pangeran mugi-mugi pun Orme sagêda waluya jati. Ananging dhuh gusti, barang ingkang sagêd anjêblug punika warni-warni, wontên satunggal ingkang sagêd ngêdalakên urub, warninipun wungu (violet), la kula botên sumêrêp punapa mitra kula sagêd migunakakên urub ingkang warni wungu wau. Kintên kula ing tanah ngriki punika, ingkang sangêt ambêbayani urub wungu wau.

Sarêng sang putri mirêng têtêmbungan kula ingkang makatên wau, lajêng mriksani kula mandhap manginggil sajak duka, salajêngipun ujug-ujug gumujêng, ingkang pantêsipun namung dumunung ing sang putri piyambak. Sasampunipun sang putri tanpa ngandika punapa-punapa lajêng ngawe pandhèrèkipun, saha tindak saking ngriku.

Quick ingkang mirêng ing rêmbag sadaya wau wicantên makatên: ah, hêm, tinitah èstri punika sok gampil molah-malih. Kadosdene punika: Lho, nalika rawuhipun mriki tindakipun kados kapal kasayahan, slop, slop, slop. Kula mirang swaraning sêpatu ingkang kados dipun gèrèt, sarêng tindakipun saking ngriki kados maenda jalêr ingkang madosi mitranipun, inggih punika sirah dipun dangèngèkakên, suku dipun inggahakên. Punapa ingkang makatên punika panjênêngan mangrêtos kajêngipun bandara dhoktêr.

Kula amangsuli: kang mangkono kuwi luwih bêcik kowe matura karo sang putri piyambak. E, Quick, bandaramu kapitan apa wis andhahar sope sing diasta sang putri mau.

Quick mangsuli: ngantos ludhês. Lan sasampunipun bandara kapitan nyobi ngambung astanipun sang putri. Ah mêmêlas, bandara kapitan punika sajakipun ngalêntuk. Kula sumêrêp kalanipun badhe ngambung astanipun sang putri wau. Benjing manawi sampun dhangan, bandara kapitan tamtu gêtun dene anglampahi kados makatên punika.

Kula mangsuli: uwah, mêsthi bae sêrsan. Ewasamono aku kabèh wajib sukur dene loro-lorone wis padha katon sênêng. Dene êmbèn-êmbèn yèn sang putri ngasta sop manèh, luwih bêcik enggal-enggal caosna bandaramu kapitan bae. Wong wadon lan wong lara, kuwi salawas-lawase wajib diêmong.

Quick mangsuli: inggih bandara dhoktêr, ananging (kala punika Quick sêmunipun sajak lajêng wigatos) tiyang sakit punika rak sagêd mantun lan salajêngipun kadospundi tumrapipun tiyang èstri punika.

Kula mangsuli: sadina-dinane rak wis warêg saka dosane dhewe. Quick, saiki kowe bêcik ngasoa, aku sing jaga. Ananging salêbêting manah kula yakin, bilih ayang-ayanganing kasangsaran sampun kêtingal, inggih punika dunungipun sampun rumasuk ing paningalipun sang putri ingkang warni wungu wau.

Ananging cêkakipun ingkang makatên wau dados sae tumrap sakitipun Orme, lan wiwit dintên punika sakitipun Orme lajêng kêtingal suda sangêt, amargi samangke têtela, bilih badanipun botên kêsrèmpèt barang-barang, lan piyambakipun punika botên sakit punapa-punapa, kajawi sakit bêntèr ingkang jalaran saking tatuning sirahipun. Salêbêtipun Orme rumbu-rumbu badhe

--- 492 ---

mantun, sang putri putraning para nata kêrêp sangêt anuwèni, malah manawi kula botên kêlintu, rawuhipun sabên sontên, sampun tamtu rawuhipun wau mawi upacara, amargi salaminipun tansah kadhèrèkakên ing kênya karaton pintên-pintên, dening dhoktêr karaton ingkang tansah dados sêpêting mripat kula lan sèkrêtaris tuwin ajidan-ajidan sawatawis.

Ananging sarèhning Olivier Orme kapindhah dhatêng kamar pirantos manggihi tamu ingkang sae, lan pandhèrèkipun sami manggèn wontên ing buntas salêbêting kamar ingkang sasisih, saha sang putri wontên ing buntas ing sisihipun tuwin rêrêmbagan kalihan Orme, dados anggènipun sang putri tuwi wau, namung dipun sêksèni Quick kalihan kula, kenging dipun wastani piyambakan kemawon. Makatên ugi, ing sarèhning sakitipun Orme punika sampun botên patos ambêbayani, amila kula kalihan Quick botên mêsthi nênggani wontên ing ngriku, ananging kêrêp nênumpak, prêlu nêningali kawontênanipun Mur tuwin tanah wêwêngkonipun.

Upami wontên tiyang pitakèn dhatêng kula, punapa ingkang karêmbag kalanipun pêpanggihan punika, sagêd kula amangsuli namung ingkang kula mirêngi sakêdhik-sakêdhik kemawon, inggih punika ingkang kathah namung ing bab prakawis-prakawis umum kados ta: tataning praja Mur tuwin anggènipun tansah mêmêngsahan kalihan bôngsa Fung, ewadene tamtunipun kathah sangêt ingkang dipun rêmbag punika, ingkang kula botên mirêng, tandhanipun Orme nyumêrêpi kawontênanipun sang putri partikêliran. Mirêngipun makatên wau tamtunipun rak inggih saking lathinipun sang putri piyambak.

Kala kula ngèngêtakên, bilih tumrap tiyang neneman botên pantês sangêt sêsrawugan kalihan nataning bôngsa Abati ingkang tanpa subasita makatên, wangsulanipun Orme kanthi bingah, manawi ing bab punika botên wontên ingkang prêlu dipun kuwatosakên, amargi miturut pranatan kina, sang putri wau namung kenging krama kalihan sadhèrèkipun piyambak. Jalaran saking bab ingkang makatên punika, amila sampun botên sagêd piyambakipun angsal sang putri wau.

Kula lajêng pitakèn, sintên ingkang kaprênah sadhèrèkipun, ingkang angsal kabêgjan badhe kadhaupakên kalihan sang putri wau. Orme lajêng amangsuli makatên:

Ora ana siji-sijia, pancène ngono aku duwe pangira, yèn mêsthine sang putri dipacangake karo pamanane sing lêmu kae, ananging aku ora prêlu ngandhakake manèh, yèn kang mangkono mau mung kanggo sarana bae, kang wajib dilampahi ing sang putri, supaya kanggo ngalang-alangi liya-liyane, kang arêp anglamar marang sang putri mau.

Kula lajêng mangsuli: lha iya, aku kapengin wêruh, apa iya sing mangkono iku tumrape Pangeran Josua mung dianggêp sarana bae.

Wincantênipun Orme: aku ora sumurup panggalihane Pangeran Josua, lan aku iya ora arêp mraduli babarpisan. Kang tak sumurupi ngêmungake kaanane kaya sing wis tak kandhakake mau, pangarêp-arêpe si babi kae dadi garwane sang putri, padha bae ing pangarêp-arêpmu dhaup karo putrining narendra ing nagara Cina. Ing saiki aja tansah ngrêmbug prakara kuwi, luwih bêcik critaa liyane. Apa kowe krungu kaanane Higgs lan anakmu dhewe.

Kula lajêng mangsuli ngece-ece, amargi kula ragi jèngkèl kalihan kawontênan-kawontênan ingkang sampun kalampahan, saha gêndhêngipun pun Orme wau. Dene wangsulan kula makatên: mêsthine kowe rak luwih cêtha mungguh ing wadining nagara tinimbang aku. Apa sing korungoni.

Orme wicantên makatên: Lho kuwi mangkene kyaine, kapriye mungguh anggone sang putri priksa kuwi aku ora wêruh, mirid pangandikane sang putri, loro-lorone saiki padha bagas kuwarasan. Ananging Prabu Barung sumêdya nêtêpi apa pangandikane, lan patbêlas dina manèh arêp ngurbanake Si Higgs. Kang mangkono iku kudu dialang-alangi, aku dhewe kang bakal nanggulangi, sanadyan ta bakal ilang nyawaku. Kowe aja duwe pangira yèn salawase aku mung mikir mênyang awakku dhewe bae, kang mangkono mau ora babarpisan. Ananging angèle dene aku durung olèh akal kanggo ngluwari dhèwèke, kang prayoga dilakoni.

Kula lajêng wicantên malih: o Orme, aku kabèh ing saiki banjur kapriye. Kalane kowe isih lara, aku ora gêlêm ngrêmbug bab kuwi, amarga kuwatir yèn anggawe rêkasamu, ananging sarèhning kowe wis mari, saiki kudu dirampungi.

Orme amangsuli sajak wigatos: kang mangkono kuwi aku iya ngrêti, lan aku arêp calathu nyang kowe, luwih bêcik awakku bae sing tak êsrahake mênyang Prabu Barung, dene manawa aku ora bisa mitulungi mênyang Propesor Higgs, luwih bêcik aku mati barêng karo dhèwèke, ananging prakara negakake dhèwèkke, iku ora. Mara rungokna saiki, suk êmbèn ing kene bakal dianani parêpatan dening sang putri putraning para nata, aku kabèh kudu anjênêngi ana ing kono, amula parêpatan mau diundur-undurake nganti samariku. Ana ing parêpatan kono Si Shadrach sing saru kae, arêp dipriksa. Lan bokmanawa bakal diukum pati. Mangkono uga, aku kabèh kudu ambalèkake sêsupene Sang Putri Seba, kang diparingake ngampil sang putri marang kowe. Ing kono bokmanawa aku kabèh bisa mêruhi apa-apa. Cêkake bisa mêruhi kapriye anggone bakal tumandang, dene iki aku arêp têgaran kang kapisanan. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 26, 9 Sawal Taun Jimakir 1858, 31 Marêt 1928, Taun III

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Masjid Agêng ing Surakarta

[Grafik]

Untabing têtiyang bibar sêmbahyang Jumuwah. Ing dintên makatên wau, ing salêbêting masjid ingkang agêngipun samantên punika ngantos bêntêt kêbak tiyang.

--- 494 ---

Raos Jawi

Raosing sêrat-sêrat ingkang dipun rêmêni ing bôngsa Jawi

Mirid ingkang sampun kêtingal ing ngakathah, tuwin kenging dipun wastani sampun kêlimrah, mênggah sêrat-sêrat ingkang dipun rêmêni ing bôngsa Jawi punika namung wontên tiga, satunggal sêrat cariyos, kalih sêrat piwulang, tiganipun sêrat suluk. Sêrat tiga pisan wau mèh sabên tiyang tamtu srawungan.

Mênggahing sêrat cariyos, ingkang dipun rêmêni bab ingkang cariyosipun mawi pêprênesaning jalu wanita, punika tumrapipun tiyang Jawi anggènipun ngraosakên kenging dipun wastani ngantos kêlimrah, botên mawi pilih anèm sêpuh utawi lare, sadaya sami kêsêngsêm dhatêng cariyos ingkang kados makatên wau. Môngka manawi dipun manah panjang, cariyos bab sêngsêming jalu wanita, pancènipun botên wajib dipun waos ing lare, malah manawi dipun raosakên yêktos, sanadyan tiyang èstri inggih botên pantês maos sêrat ingkang suraosipun kados makatên. Nanging nyatanipun botên makatên, sadaya namung dipun waos tanpa mawi pamanahan punapa-punapa. Dados manawi makatên, cêcariyosan prênèsing jalu wanita punika namung manjing dados sêngsêm, dene ingkang nama awon, punika ing bab lekohipun ing têmbung, botêna mawi dipun cariyosakên, tiyang inggih sampun mangrêtos.

Sayêktosipun mênggahing sêrat cariyos Jawi, sêngsêming jalu wanita, punika sagêd nuwuhakên gêsanging cariyos, awit ing ngriku tamtu mawi nuwuhakên wontêning nyôndra ing warni, wangsalan, gambaran raosing manah tuwin sanès-sanèsipun. Kados ta manawi nyôndra jalu tuwin wanita, wiwit saking pucuk rambut ngantos dumugi pucuking kuku suku, sadaya mawi dipun wontêni pêpindhanipun, botên wontên ingkang kalangkungan. Tuwuhing côndra ingkang kados makatên wau, mênggahing tiyang Jawi lajêng sagêd mastani dhatêng warnining tiyang ingkang dipun wastani bagus utawi ayu, lan sagêd ngintên-intên dumugi pantêsing solah-tingkahipun pisan, tur solah-tingkah wau ingkang botên tilar ing kasusilanipun, saking tuwuhing raos ingkang kados makatên punika, tiyang lajêng kêdugi nelad dhatêng kawontênanipun, upaminipun, manawi èstri ruruh nelad Dèwi Wara Sumbadra, yèn gonas-ganès, Dèwi Banuwati. Dene manawi jalêr, yèn bagus alus, Radèn Janaka, yèn brêgas, Bambang-bambangan, pacaking nyandhang ngangge sarwa prasaja, nanging ngrêsêpakên dhatêng sawangan. Mirid laras ingkang kados makatên punika, kathah èmpêripun mênawi bôngsa Jawi pancèn rêmên dhatêng prasaja.

Mênggahing wangsalan, punika encokipun inggih namung dhatêng sêngsêm. Tiyang adhakan sangêt rêmên dhatêng wangsalan, sok limrah dipun apalakên.

Dene bab gambaran raosing manah, limrahipun ingkang cumithak bab panggambaring lêlampahaning tiyang, upaminipun kasangsaraning putri sinrêtu ing kakung, utawi lêlampahan ing bab sangsara sanèsipun. [sanèsi...]

--- 945 ---

[...pun.] Punika ingkang kêgagas namung ing bab tuwuhing panalôngsa, dados pikantukipun badhe nênangi dhatêng solahing panarimah.

Ing sapunika ing bab sêrat piwulang, punika sanadyan botên kacariyosakên, sabên tiyang tamtu mangrêtos, bilih kajênging piwulang punika sae. Dene wulang wau tumrap tataning wulang lair pancèn nyata kathah ingkang sampun botên mathuk kanggenipun ing jaman sapunika, awit pancèn sampun sanès thuk-thukanipun, nanging tumrap kaalusaning kasusilan, tuwin tumrap ingkang taksih ngraosakên dhatêng raosing Jawi, tamtu amastani manawi sêrat piwulang punika taksih wêtah ayam botên wontên ewahipun, awit kajênging piwulang Jawi namung salugu nênuntun kasusilan wiwit wadhag dumugi alusipun.

Dene ing bab sêrat suluk, punika pancèn sampun manjing dados karêmênanipun tiyang Jawi, tuwin kenging dipun wastani manawi tiyang Jawi punika pancèn dhêdhasar tiyang ulah kabatosan. Mila tumraping sêrat suluk, sanadyan wontêna pintên kemawon, tiyang inggih taksih tansah rêmên, awit sampun mantêp ing manah, bilih sêrat suluk punika sawênèhing panuntun, ingkang nêdahakên dhatêng margi ingkang anjog dhatêng pêpadhang. Sintên ingkang anjajah maos sêrat suluk, inggih saya jajah sêsêrêpanipun dhatêng bab ginêm ulah raos. Malah wontên têmbunganipun tiyang Jawi, tiyang punika sanadyan botên sastra, nanging manawi sumêrêp dhatêng ngèlmi, taksih sagêd nunggil ing pakêmpalaning ngakathah. Punika bokmanawi inggih wontên èmpêripun, awit sabodho-bodhonanipun tiyang botên sastra nanging ngèlmi, rêmbagipun mêksa pratitis, dados têrangipun, cupêting kawruh dipun lintoni ing gêsanging budi.

Wontên sawênèhing tiyang cariyos, manggahing waosan Jawi punika ngêbosêni, awit wontênipun inggih namung warni tiga punika, tuwin amastani botên anggadhahi urut-urutaning wêwaosan, sadaya namung dipun carub kemawon, sêpuh anèm waosanipun inggih kados makatên punika.

Panacad ingkang kados makatên punika manawi dipun cocogakên kalihan kawontênan ing sapunika pancèn lêrês, awit mênggahing caranipun urut-urutaning maos lajêng botên sagêd ambedakakên, pundi ingkang dados waosaning lare, tuwin pundi ingkang dados waosanipun tiyang sêpuh, nanging sarêng dipun encokakên malih, sanadyan caraning kina têka inggih sampun ragi mathuk, inggih punika: sêrat wulang, kêgolong waosaning lare. Sêrat cariyos sapanunggilanipun, dados waosanipun tiyang diwasa, dene suluk dados waosanipun tiyang sêpuh.

Dene wontênipun sapunika lajêng wontên sêrat warni-warni, ingkang sampun pinilah-pilah kados wêdalan Bale Pustaka punika, nama dados kabêgjanipun tiyang ingkang manggih.

--- 496 ---

Ekonomi

Sukun

Sukun punika sawênèhing wowohan ingkang kêlimrah kasumêrêpan ing tiyang, nanging tumrapipun tiyang kitha bokmanawi awis-awis ingkang sampun sumêrêp uwitipun, awit limrahipun sukun punika tuwuhipun wontên ing padhusunan ingkang têbih saking kitha.

[Grafik]

Sukun punika kêgolong bangsaning kluwih, wujuding wit, godhong tuwin wohipun sampun plêk kaluwih, namung kaot woh sukun punika kulitipun alus. Dene sukun punika wohipun tanpa isi, wiwit salêbêting kulit ngantos dumugining ati namung daging thok, ingkang araos pulên kados bangsaning pala kêpêndhêm, ecanipun malah kêpara ngungkuli. Jalaran saking anggènipun tanpa isi wau, namanipun lajêng dipun sambut kangge namaning wowohan tanpa isi, ingkang lêrêsipun ngangge isi, kados ta: pace sukun, pisang kluthuk sukun, jambêt kêluthuk sukun, tuwin sanès-sanèsipun.

Sarèhning sukun punika tanpa isi, manawi tiyang badhe nanêm kêdah sarana rekadaya makatên:

Oyoding wit sukun ingkang cêlak ing wit kakêrukana sitinipun, miliha ingkang agêngipun sajêmpol utawi sadriji. Ingkang kalêrês tumèmpèl ing oyod agêng kakêthoka, saha dipun congatakên. Samôngsa oyod wau sampun sêmi lajêng kêtingal kados turus, oyod ingkang taksih kêpêndhêm lajêng sagêd oyod malih. Manawi sampun kêtingal sae gêsangipun, kenging lajêng kaputêr, mawi kakatutana siti ingkang kathah, lan sampun ngantos ambyar, oyodipun kakatutna sadaya, sasagêd-sagêd sampun ngantos pêdhot, dene lajêring oyod lami ikangingkang. taksih panjang kenging lajêng kakêthok kemawon, namung mêndhêta sacêkapipun, waton oyod ingkang ngrêmpil sampun sagêd katut.

--- 497 ---

Pananêmipun kêdah milih papan ingkang tênggar, sampun cêlak-cêlak kalihan griya, awit sukun punika sawênèhing wit-witan ingkang sagêd agêng sangêt.

Sukun manawi sampun awoh, uwohipun kathah sangêt, sabên witipun saya mindhak agêng, wohipun inggih saya kathah, awit tuwuhing uwoh narucuk tuwuh saênggèn-ênggèn.

Sayêktosipun sukun punika sawênèhing wowohan ingkang kenging kangge lintuning rijêki, awit nuwuki, raosipun lêgi pulên, lêmêsan sangêt, purun dipun olah punapa-punapa, tumrap ingkang sêpuhipun cêkapan, kenging dipun criping, utawi dipun gorèng kandêl, dipun kêluwa utawi sanès-sanèsipun, malah sanadyan namung dipun godhog thok kemawon, raosipun sampun lêgi eca. Dene ingkang sêpuh ngantos jêne, punika salugunipun kêlêgèn tuwin ical pulênipun.

Ing Cirêbon limrah sukun wau dipun tape, wujudipun pating gluntung andêmênakakên.

Tumrap ing kitha-kitha, sukun punika kalêbêt awis rêginipun, satunggal ngantos pajêng gangsal wêlas sèn, ingkang agêng malah ngantos satangsul. Eman, dene sukun punika awis-awis wontênipun, bokmanawi jalaran saking angèling pêncaripun, utawi saking jalaran wit agêng, botên pantês dipun tanêma ing tiyang. Nanging manawi ngèngêti dhatêng pigunanipun, kados botên wontên awonipun manawi kapêncarakên, awit ugi nama sagêd dados gajuling sêkul.

Waosan Lare

Dongèng

[Asmaradana]

kasmaran dènnya miyarsi / caritane jaman kuna / ingkang minôngka purwane / ana sawijining janma / omahe doh lan kutha / Kyai Alid namanipun / nuju ing sawiji dina //

Ki Alid langkung prihatin / rina wêngi pan mangkana / sabab arsa duwe gawe / ngislamakên sutanira / priya ingkang pangarsa / Ki Alid ing karsanipun / adol kêbo maring kutha //

anulya budhal tumuli / anggawa kêbo satunggal / arsa dèn êdol kêbone / lan balônja saprêlunya / lumaku mung pribadya / lan tan gawa gaman iku / kocapa wus praptèng kitha //

kêbo dèn êdol tumuli / marang Ki Alid punika / payu kalih dasa kêton / dhuwite pêcah lan pêthak / anulya winadhahan / ing kampil sadayanipun / nulya blônja marang pasar //

sawusing blônja tumuli / dhuwit akèh turahira / Ki Alid anulya mulèh / sarwi manggul kampilira / lawan anggawa blônja / nganti sore lakunipun / kira-kira pukul papat //

angambah anèng wanadri / ing kono têngahing alas / ana sawijining uwong / begal siji nunggang jaran / karo angliga pêdhang / Ki Alid mau kêpêthuk / tan nyana yèn iku begal //

wong begal têtanya nuli / sira iku gawa apa / kaya gawa dhuwit akèh / lawan barang rupa-rupa / yèn sira arsa gêsang /

--- 498 ---

prènèkna kabèh gawanmu / Ki Alid kagyat tyasira //

miyarsa begal dènnya ngling / Ki Alid enggal lumajar / datan kari gêgawane / karsanya lajêng mring kutha / wong kang begal angoyak / lan nêgarkên kudanipun / Ki Alid êmèh kêcandhak //

nulya menggok ing wanadri / nusup-nusup têngah wana / gêgawan dèn singidake / ingurugan gêgodhongan / lan dhuwit nèng kampilan / sadaya tan ana kantun / Ki Alid anulya nyimpang //

wong begal awas ningali / lamun gêgawan sadaya / siningidkên larahane / nulya mudhun saking kuda / kudanira cinancang / ngulati ing prênahipun / arta ingkang dèn singidna //

ingosak-asik gènnèki / suwe ênggone ngupaya / Ki Alid nulya ge-age / nguculi cancangan kuda / darbèkira wong begal / tinunggangan kuda mamprung / cinamêthi sarosanya //

trus rêpot mantri pulisi / ngaturakên yèn kabegal / ana ing têngah wanane / kagyat nimbali punggawa / nyêkêl begal nèng wana / gumrudug punggawa ngluru / Ki Alid kang tuduh marga //

ananging datan pinanggih / punggawa nulya tur pirsa / dhatêng pangagêng kithane / lamun begal tan kêpanggya / wus katur sadayanya / pangadilan nulya dhawuh / mring Alid saiki sira //

anunggua têlung ari / lamun begal tan kêpanggya / jarane kowe kang darbe / lawan saprabote pisan / iku putusan ingwang / Ki Alid suka tyasipun / anganti ing têlung dina //

wong begal mêksa tan panggih / turôngga sapirantinya / banjur Ki Alid kang duwe / turôngga gêdhe tur rosa / lapak alus katingal / jro lapak ana barênjul / kanthong isi wadhah arta //

nulya binrengkal tumuli / ana pistule prayoga / kira-kira rêgane slawe /kira-kira rêga slawe. dhuwite kêrtas lan pêthak / nulya ingambil sigra / ingetang pan ana satus / Ki Alid suka ing driya //

Suwarja, G.d. Têmanggung. Wêlèri.

Kawruh Warni-warni

Jodho

Mênggah caranipun tiyang jêjodhoan, kados tumrapipun bôngsa punapa kemawon, pangangkahipun inggih sami, prêlunipun pados ingkang mathuk. Dene tumrapipun bôngsa Jawi, pamilihing bojo punika wontên ingkang makatên:

1. Ingkang sae bêbudènipun,

2. Putraning priyantun,

3. Ingkang sanès turuning tiyang ingkang gadhah sêsakit nular,

4. Ingkang sugih,

5. Ingkang ayu.

Pilihan gangsal prakawis punika jaragan namung ngajêngi dhatêng saenipun thok, nanging pilihan wau taksih golongan cara kina, tumrapipun ing jaman [ja...]

--- 499 ---

[...man] sapunika, ing bab gangsal prakawis wau dipun santuni dados:

1. Ingkang pintêr,

2. Putraning priyantun, utawi tiyang sae,

3. Ingkang saras,

4. Punika pamilih sampun mèh botên kangge,

5. Ingkang ayu.

Sayêktosipun pilihan sadaya wau taksih nama ancêr-ancêr, têgêsipun sanadyan nyatanipun sampun kêcandhak sadaya, dèrèng tamtu manawi dados pamarêmipun ingkang mêngku, dados têtelanipun ingkang nama jodho punika kenging dipun wastani botên gampil, awit têmbung jodho makatên têgêsipun srêg, môngka srêging tiyang jêjodhoan punika pinanggih manawi sampun dipun lampahi, awit tuwuhing sihipun tiyang jalêr dhatêng ingkang èstri punika sababipun warni-warni, malah wontên ingkang jalaran saking ingkang èstri tansah sakitên, lajêng tuwuh sihipun, dipun eman-eman kados barliyan. Wontên malih jalaran saking anggènipun tansah kêmlaratan, malah angrêntahakên sih. Sawênèh malih jalaran saking awoning warninipun ingkang èstri, malah ingkang anjalari tuwuhing sih ingkang kêkêtogan.

Makatên ugi kosokwangsulipun mênggah tumraping èstri, inggih botên oncat saking raos kados makatên punika.

Mênggah kajênging tiyang sêpuh anggènipun damêl ancêr-ancêring pamilih makatên wau, namung kêbêkta saking trêsna dhêtang anak, sampun ngantos manggih pituna ing gêsangipun, mila manawi sagêd, pathokan gangsal prakawis punika sagêda kêcêpêng sadaya. Dene manawi kasêmbadan sadaya, tiyang èstri ingkang dipun pilih wau nama: tiyang ayu putraning priyantun, saras tur sugih, sampun tamtu kemawon ingkang gadhah bojo anggalênggêm sangêt.

[Grafik]

Mirid urut-urutaning pilihan, bokmanawi para sêpuh inggih sampun kanthi panggalihan:

Manawi ingkang kêpilih saening bêbudènipun, sanadyan botên kanggenan ingkang kawan prakawis, inggih sampun nama prayogi, awit saening bêbudèn punika sagêd angasorakên dhatêng ingkang kawan prakawis wau, marêmipun ingkang mêngku, dene bêbudènipun ingkang èstri tansah dados pangalêmaning ngakathah.

Manawi ingkang kapilih bab anaking priyantun, ingkang mêngku kêdunungan pamarêm, dene ingkang èstri [è...]

--- 500 ---

[...stri] kêwical bangsaning tiyang naluri, sabotên-botênipun inggih taksih binedakakên ing tiyang.

Manawi ingkang kêpilih kasarasanipun, ingkang jalêr gadhah pamarêm, dene ingkang èstri badanipun kêtingal thipluk-thipluk, lan kasarasan punika sajatosipun inggih satunggiling kabêgjan.

Manawi ingkang kêpilih sugihipun, sênêngipun ingkang mêngku, dene gêsangipun tansah tinêngga ing katêntrêman, awit kasugihan punika sajatosipun inggih satunggaling kanugrahanipun tiyang wontên ing donya.

Dene manawi ingkang kêpilih ayunipun, punika sampun lêrês sangêt, awit sampun wontên têtêmbunganipun, tiyang ayu punika pasihaning Allah, têgêsipun tansah damêl karênanipun ingkang ningali, dados tamtu kemawon tumrap tiyang ingkang mêngkoni tansah manggih pamarêming manah.

Dados têtela manawi satunggal-satunggaling bab punika sampun sagêd adamêl pamarêm, saya saupami kadunungan titipan sanès-sanèsipun malih, tamtu saya prayogi.

Ing nginggil sampun kacariyosakên, bilih tuwuhing sihipun tiyang jalêr punika jalaranipun warni-warni, tiyang botên sagêd angêbabi kêtarik saking punapanipun.

Kados gambar ing sisih punika, punika gambaring para wanita bôngsa Inggris ingkang sami balapan lumajêng nuju jawah. Tumrap raosing tiyang jalêr ingkang nyawang, pamilihipun dhatêng titiking wanita ingkang sami kêtingal ing ngriku tamtu warni-warni, wontên ingkang kêtarik saking bantêring plajêngipun, wontên ingkang kêtarik saking nyumêrêpi kasantosaning badanipun, wontên malih ingkang kêtarik saking warni.

Dados mênggahing wosipun, bab mathuking jêjodhoan punika pinanggihipun manawi sampun kalampahan. Dene tumrap ingkang badhe anglampahi, sampun ngantos tilar pamilih, awit sabotên-botênanipun, plèsèding pamilih punika mêksa ngungkuli ingkang namung awur-awuran.

Kabar Sanès Praja

Tindakipun Sang Prabu Amanullah, Nata ing Aphganistan, dhatêng tanah Eropah.

Ing Kajawèn kala rumiyin kados sampun nate anyariyosakên sawatawis mênggahing tindakipun Sang Prabu Amanullah, Nata ing Aphganistan dhatêng Eropah, prêlunipun sumêdya anitipriksa kawontênan-kawontênan ing ngrika, ingkang kenging saha pantês tiniru ing para kawula Aphganistan. Makatên ugi sampun kacariyosakên, bilih tindakipun sang prabu kanthi kadhèrèkakên ingkang garwa tuwin para santana sanès-sanèsipun, lan sang prabu sagarwa saha para pandhèrèkipun wau sami angrasuk busana cara Eropah, ingkang anjalari ngungunipun para kaum muslimin ing saindênging bawana. Ing samargi-margi sang prabu sagarwa tuwin para pandhèrèkipun tansah tinampi kanthi pahargyan kados sacaraning [saca...]

--- 501 ---

[...raning] nata katamuan sasamining nata, saha wontênipun ing satunggal-satunggaling nagari, sang nata botên kêndhat tansah amriksani punapa-punapa kanthi taliti, awit kaparêngipun sang nata, anggènipun tindak pêpara punika prêlu badhe anjêmbarakên polatan, ingkang ing têmbenipun sagêda mêndhêt wohipun kagêm amêwahi kalangkunganipun praja Aphganistan. Ing môngka dhasar nyata, bilih kawontênanipun ing tanah Eropah punika kathah sawangan, kagunan tuwin pakaryan ingkang pantês sangêt tinulad wontên ing prajanipun, mila tindakipun sang prabu wau ing samargi-margi nama tansah manggih karênan, ingkang pikantukipun agêng sangêt, makatên ugi kosokwangsulipun tumrap para nata ingkang dipun paratamoni, ugi sami rêna ing galih anampèni rawuhing narendra ingkang kagungan dhêdhasar panggalih ngudi dhatêng kamajêngan, saha nêtêpi ebahing jaman.

[Grafik]

Sri Narendra Aphganistan nalika rawuh wontên ing Paris

Nalika Prabu Amanullah rawuh ing Itali, tangkêpipun Prabu Emanuel, Nata ing Itali, sakalangkung angrêsêpakên, sang nata tansah nêdah-nêdahakên dhatêng kawontênan-kawontênan ingkang adamêl panujuning tamu, kenging dipun wastani bilih sri narendra kêkalih tansah gêgandhengad.gêgandhengan. Makatên ugi Sri Nata Amanullah wontên ing ngriku tampi nisungsungpisungsung. oto alapis waja saking Sang Mosêlini, ingkang sakalangkung awig ing pakirtyanipun. Nalika sang nata nampèni pisungsung wau sakalangkung anglêgakakên, kêtingal anggènipun karênan ing galih, lajêng kaparêng naliti dhatêng kawontênaning oto wau, sampun tamtu kemawon pisungsung ingkang kados makatên wau tinampi dados tôndha supêkêting pawongmitranipun praja.

Makatên ugi sarêng tindakipun Prabu Amanullah dumugi ing Paris, wontên ing ngriku tinampi kanthi pahargyan, sri narendra sakalihan dipun papag ing oto dening presidhèn Doemergue wontên ing sêtatsiun Bais de Boulogne wontên ing ngriku sang nata inggih manggih karênan.

Sadumugining praja Bèlgi, sang nata dipun papag ing Burgêmistêr ing kitha Bergen. Wontên ing ngriku Burgêmistêr maos pamahargya wilujêng rawuhipun sri narendra wontên ing praja Bèlgi, Pangeran Leopold ing Bèlgi ingkang anjurubasani. Kathah suraosing sêsorah ingkang dipun lairakên wontên ing ngriku.

--- 502 ---

Kacariyos ing sapunika tindakipun Prabu Amanullah sampun dumugi ing praja Inggris, mila ing ngriki prêlu nyariyosakên kawontênanipun ing ngriku ragi sawatawis.

[Grafik]

Prabu Amanullah nalika rawuh ing praja Bèlgi, 1. Prabu Amanullah, 2. Pramèswari Soeraya, garwa nata, 3. Pangeran Leopold ing Bèlgi.

Rawuhipun Prabu Amanullah wontên ing Londhon, dipun tampèni kanthi pakurmatan ingkang langkung saking mêsthi, Sri Nata Inggris sakalihan pramèswari, kanthi para lid kabinèt Inggris tuwin para pangeran sanès-sanèsipun, sami mêthuk wontên ing Sêtatsiun Victoria. Nalika kapal Maid of Orleans dumugi ing Dover, Pangeran Adipati Anom ing Inggris piyambak sapandhèrèk ingkang mapagakên.

Sri Nata ing Aphganistan mangagêm cara militèr kabangsan, dene sri pamèswari mangagêm cara Eropah. Têtamu agung wau anggènipun maratamu wontên ing Inggris ngantos gangsal wêlas dintên, lêrêm wontên ing Claridge Hotel, nyewa kamar sèkêt iji, ingkang sarwa nyêkapi kagêm palêrêmaning nata.

Kacariyosakên, bilih kalangkunganipun Nata Aphganistan punika kados kawaskithaning lêluhur ingkang asma Èmir Abdulkan. Miturut pangandikanipun, rawuhipun sang nata wontên ing Eropah prêlu badhe ngajêngakên prajanipun ing bab sêpur, margi-margi oto tuwin sanès-sanèsipun, kados ta: pigunaning lèpèn-lèpèn, ugi badhe ambikak pamêlikan têmbaga, êmas, salaka tuwin timah, ingkang kacariyosakên, bilih ing prajanipun pancèn kathah.

Ing bab kamajênganing praja, wiwit sajumênêngipun sang

--- 503 ---

nata punika, kenging dipun alêmbana ing enggalipun. Bab kêkahing pamanahanipun têtiyang siti kados sacaraning kina, sampun ewah santun dados sabar tuwin anggatosakên dhatêng ulah kabudidayan tuwin têtanèn, punapadene bab among dagang. Ing praja agêng-agêng ing Eropah sampun dipun wontêni agèn-agèning among dagang sudagar-sudagar bôngsa Aphganistan piyambak, prêlu analiti barang-barang ingkang sagêd majêng wontên ing tanah Aphganistan.

Dados sapunika têtela bilih tindakipun nata ing Aphganistan wontên ing tanah Eropah punika, mêngku pikajêngan tuwin piguna agêng sangêt tumrap praja ingkang dipun wastani kantun ing kamajênganipun. Mila sintên kemawon pantês sangêt mangalêmbana dhatêng kaparêngipun nata ing Aphganistan wau.

Pitakenan

Kula nuwun, bilih wontên sih kawêlasanipun tuwan up rêdhaktur, kula nyuwun pitêdah bab ingkang badhe katêtêpakên dening pamarentah benjing wulan Mèi taun punika, inggih punika lid dhusun ingkang nami kisêr lan kisman, punika kuwajibanipun punapa, utawi padamêlanipun kadospundi. Pramila kula nyuwun pitêdah, awit saking rancanganipun tiyang ing dhusun kula piyambak, kula dipun pilih kadadosakên kisêr§ bokmanawi kajêngipun kisman. ingkang punika mugi ing Kajawèn kapacaka katranganipun punika lid dhusun, dados kula sadaya sagêd mangêrtos dhumatêng kuwajibanipun punika, kisêr tuwin kisman. Awit ing Apdhèling Kêdhiri sadaya dhusun-dhusun katêtêpan punika lid dhusun.

Ing wusana kula tansah angajêng-ajêng pitêdahipun tuwan up rêdhaktur.

Langganan No. 2297.

Wangsulan

Mênggah bedanipun kisêr kalihan kisman punika makatên:

Kisêr, punika têtiyang sadaya, ingkang sampun ngumur, sarta kawajibakên milih tiyang jalêr golonganing dhusun ngriku ugi, ingkang badhe kacalonakên dados sawung milih lid rêgènsêkap rad.

Kisman, punakapunika. tiyang ingkang kapilih dening kisêr kasêbut nginggil. Ing sabên tiyang gangsal atus, wênang ngwontênakên kisman satunggal.

Red.

Pawartos saking Rêdhaksi

Kadosdene adat ingkang sampun kalampahan sabên badhe tumapaking kwartal enggal, nalika tanggal kaping 27 wulan Marêt punika, administrasi sampun ngintunakên blangko pos wisêl minôngka pamêthuking yatra langganan tumrap kuwartal kaping kalih punika.

Murih sampun kacuwan ing galih margi kêtêlasan salah satunggiling nomêr Kajawèn, panyuwun kula dhatêng para prayantun ingkang rumaos dèrèng nyêkapi wajib, mugi kaparênga tumuntên ngintunakên.

Panampi kula yatra langganan wau botên badhe kawartosakên ing udyana Kajawèn kados ingkang sampun, awit kathah ingkang botên nayogyani krana nêlasakên panggenan. Saugi Kajawèn botên mogok pisowanipun, punika mracihnani manawi ingkang dipun sowani wau sampun nyêkapi kuwajibanipun.

Kawuningana.

Adm.

--- 504 ---

Rêmbagipun Garèng lan Putruk

Rêmbagan bab sêmbah

Petruk : Ora Kang Garèng, bok coba aku kok barkahi kawruhmu Jawa sing mêncit-mêncit pisan.

Garèng : Wiyah, ana wong ngomong kathik dibanjur-banjurake kaya mèngklèkke ngono, tak arani rak arêp ngêmplèk-êmplèk kêtêpu. Mara, aja rikah-rikuh, lairna bae apa sing arêp ko takokake.

Petruk : Ora Rèng, aku kiyi sabênêre tansah ngungun, dene sajroning lêbaran (Sawalan) akèh bangêt wong padha sêmbah-sêmbahan. Sarèhning karêpe lan katranganing bab sêmbah kuwi aku durung mangrêti, mula aku bok iya wènèhana katrangan, supaya aku yèn prêlu nyêmbah marang dara-dara lan marang Rama ora mung sêmbah mèlu-mèlu.

[Grafik]

Garèng : Iya Truk, wis bênêre kowe takon bab sêmbah marang aku, awit kowe kuwi bocah ênom, dadi pancèn prêlu mêruhi dununge lan katranganing bab sêmbah. Murih aja slura-sluru sêmbahmu. Mara tak têrangake, jêpipingna kupingmu, cêngirna lambemu.

Petruk : Yak, kok nganti kaya wêdhus, nganggo kon nyêngirake lambe barang. Wis, nuli wiwitana.

Garèng : Wong nyêmbah, kuwi lumrahe, èpèk-èpèke rak ditangkêpake dadi siji ta, driji gathuk, jêmpole anjêngat ditumpangake ing pucuk irung. Kuwi karêpe èpèk-èpèk kiwa, pasêmon kalairan, èpèk-èpèk têngên, pasêmon kabatinan, ditangkêpake dadi siji driji gathuk, kuwi pasêmon wis dikêmpêlake lair batine, jêmpol loro ditumpangake ing irung, kuwi pasêmon kêmpêling lair batine dikatokake, dadi karêpe, lho, kuwi kabèh panêmuku dhewe, yakuwi nuduhake sih trêsna lan wêdine apa manèh kanggo nglairake ing panuwune marang wong kang wajib disêmbah mau.

Petruk : Sanajan kiyi mung saka pabrikmu dhewe, ananging barêng tak gagas-gagas kok iya rada mathuk, apa manèh tangan kiwa dadi pasêmon kalairan, kuwi têka cocog bangêt karo apa sing wis dak alami, yakuwi mangkene: sawijining wêngi aku kiyi turu ngimpi anglinggihi tlethong bayi sathekruk, barêng esuk andadak aku olèh rêjêki pirang-pirang.

Garèng : We, lha, mumêt wêtêngku, ngrungu calathumu sing pating brêndhil mangkono kuwi, ana tangan kiwa pasêmone kalairan, têka digathukake

--- 505 ---

karo kotoran lan rêjêki pirang-pirang.

Petruk : Ngene Kang Garèng, miturut tandhane wong ahli impèn, sing sapa wonge ngimpi kaya aku mau, nyêkêl rêrêgêdan lan sapanunggalane, bakal olèh rêjêki akèh, kuwi jalaran wis dadi kalumrahan, saupama aku kabênêr anyewoki bayi, sing tak anggo nyewoki mêsthi tanganku sing kiwa, dudu tangan sing têngên. Mula tangan kiwa kuwi dadi pasêmon kalairan bae, awit sakabèhing donya brana, iku mung kanggo ing kawadhagan, ora kêna kanggo ing kabatinan, malah yèn ditumrapake ing kabatinan, mung bakal mêtêngi lan nutupi pêpadhanging dalan kang anjog marang akirat.

Garèng : Kuwi rak mung panêmune wong mlarat kaya aku lan kowe bae, wong kang sugih donya brana têmtune iya beda panêmune, malah aku wis tau krungu calathune wong sugih mangkene: donya brana kuwi bisa agawe luwih santosa imaning wong kang lagi ngibadah.

Petruk : Hêm, calathune wong sugih kang kaya mangkono mau, iya ana bêcike, ananging iya ana alane, bêcike jalaran bisa ngêningake ciptane, amarga ing sarèhning uwis sugih donya brana, dadi ora tansah ditangisi bojone, amarga kêpengin duwe suwêng blong lan susuk kondhe ngawe-awe, utawa manèh ora tansah ditangisi anak-anake, amarga kêndhile mêngkurêb. Kosokbaline, wong sugih sok ora bisa wêning atine, amarga tansah eling mênyang donya branane bae. Kaya ta: lagi sêmbahyang bae, pikirane banjur gumyur, amarga krungu unèn-unèn mak krudhuk, disêngguh maling ambukak pêthine wadhah dhuwit, utawa kucing ambukak lêmari arêp gondhol ngengehane wungkusan brutu. Dadi cêkake santosaning iman, kuwi ora marga saka sugihe utawa kamlaratane, ananging gumantung saka awake dhewe.

Garèng : Wis, wis, sanajan rêmbug iki rada angêlangut, ananging têka banjur nyêbal karo rêmbug kang sêkawit, mulane luwih bêcik dak banjurne caritaku ing bab sêmbah mau. Mungguh sing diarani nyêmbah kuwi ana têlung warna, yaiku: nyêmbah suci, nyêmbah pasrèn, lan nyêmbah kamelikan.

Petruk : Id, sari lae, ana nyêmbah bae têka ana nyêmbah suci, nyêmbah pasrèn lan nyêmbah kamelikan. Mungguh sing diarani nyêmbah suci kuwi sadurunge apa kudu kramas utawa saora-orane iya kudu wulu dhisik.

Garèng : Lho, kuwi ora samono, sing diarani nyêmbah suci kuwi nyêmbah sing kalayan lair batin têmênan, kaya ta: karo si rama lan si biyung, utawa karo wong liya-liyane, kang pancèn kotrêsnani, lan kowêdèni kanthi lair batin, dadi anggonmu nyêmbah iya kanthi ati suci têmênan, ora anduwèni pangajab apa-apa babarpisan, kajaba mung arêp ngatonake trêsna lan wêdimu bae.

Petruk : La nèk sing diarani nyêmbah kanggo pasrèn kuwi apa sing nyêmbah nganggo disêrot karo irunge kae. Utawa anggêr muni: ênjih, banjur nyêmbah teplêk, ênjih, teplêk.

Garèng : Lho, ora mangkono, sing diarani [dia...]

--- 506 ---

[...rani] nyêmbah pasrèn, kuwi wong kang duwèni atur, sabên sapadane disêlani nganggo nyêmbah, sapada manèh disêlani nganggo nyêmbah manèh, mangkono satêruse, upamane gamêlan mono, sêmbahe mau minôngka gonge.

Petruk : Gandrik putune Kramaleya, dadi sêmbah kuwi iya ana sing mung kanggo pamantês bae, hla nèk nyêmbah kamelikan, kuwi aku ngrêti, amarga aku dhewe wis tau anglakoni. Nalikane aku dadi juru tulis wadana, wis tau kalakon aku ngêntèkake dhuwit potong, kala samono bêndara wadana ora susah andangu, lagi mriksani bae, aku iya banjur sèdhêp nyêmbah, apa manèh nèk aku nganti didangu, sêmbahku iya dhrindhil tanpa lèrèn têmênan, lêlakonku kang mangkono nganti aku bisa nglunasi dhuwit potong sing tak anggo mau, sauwise sêmbahku sing dhrindhil mau iya banjur tak jabêl manèh.

Garèng : Iya pancèn mangkono mungguh karêpe nyêmbah kamelikan kuwi. Wis padha dilèrèni samene dhisik, besuk manèh tak critani, sapa sing wajib disêmbah kuwi.

Cariyos Wigatos

Kawontênanipun Sophyèt Ruslan ingkang Sajati

Candhakipun Kajawèn ôngka 25

XVIII.

Pêthikan saking sêrat kabar A.I.D.

Kawontênanipun ekonomi

Ôngka-ôngka wau anelakakên, bilih pamarentah Sopyèt punika sakêdhik sangêt anggènipun sagêd ambudidaya dhatêng pangajaran tuwin panjagining kasarasanipun kawula, sanadyan sadaya ingkang kacariyosaksên punika sae-sae tuwin utami sêdyanipun. Botên beda kalihan nagari-nagari ingkang adhêdhasar kapitalismê, makatên ugi ing ngrika arta nagari dipun pigunakakên ingkang nomêr satunggal kangge mragadi kawontênanipun saradhadhu, kajawi punika ugi kangge wragadipun kantor ingkang agêng-êgang saha ingkang anggadhahi punggawa kathah sangêt. Ing taun 1927 arta nagari kangge wragadipun Dhepartêmèn Pangajaran, dhepartêmèn tumrap kasarasaning kawula lan sanès-sanès kapêrluan ingkang gêgayutan kalihan kamajênganing tiyang ing tanah Ruslan wontên 254 yuta, tumrap wragading administrasi sanèsipun kintên-kintên 700 yuta, lan tumrap kapêrluwaning militèr 645 yuta rubêl, dados 40 % tumrap kapêrluwaning militèr, dene tumrap kapêrluan ingkang adamêl ajênging kawula namung 15%. Têtandhingan ingkang makatên punika sanès sangêt kalihan têtandhingan ing nagari ingkang adhêdhasar kapitalismê, tuwin sadaya wau jalaranipun botên sanès amargi saking saklangkung andhaping pangasilanipun. Arta nagari botên wontên langkunganipun malih, dados inggih lajêng botên sagêd ngêdalakên arta langkung kathah malih.

Makatên ugi pamêdalipun para tani inggih sakêdhik sangêt, 9/10 nipun para tani anggadhahi pamêdal radin-radinipun 25 rubêl ing dalêm sawulanipun, lan namung 1/10 nipun ingkang pamêdalipun langkung kathah.

Para kawulanipun ingkang kathah sami mlarat sangêt. Tiyang ingkang dhatêng ing tanah Ruslan, manawi botên ngêmungakên aningali kawontênanipun margi-margi agêng ing kitha Mosko, ananging lajêng amrêlokakên ningali sanès-sanèsipun, mêsthi inggih lajêng sumêrêp kemawon, kawontênanipun kamlaratan umum ing bab panganggenipun, kawontênaning isèn-isènipun griya ingkang saklangkung prasaja sangêt, punapa malih kawontênanipun ing pundi-pundi ingkang saklangkung rêgêd sangêt, punika [pu...]

--- 507 ---

[...nika] sadaya botên sagêd dipun umpêtakên. Minôngka satunggiling pasêksèn ingkang cêtha sangêt, bilih kawontênanipun têtêdhan ing pundi-pundi mundur sangêt manawi dipun timbang kalihan kawontênanipun kala ing taun 1913, ing ngriku sagêd katingal amargi saking kathahing para kaum bêrah ingkang sami sakit. Pambayaripun kabudidayan dhatêng asuransi pananggêl tiyang sakit, punika ngantos 12 dumuginipun 15% saking gunggunging blônja ingkang kabayarakên. Lan arta samantên kathahipun wau, têlas sadaya kangge mulasara têtiyang sakit, kangge wragadipun griya sakit tuwin sanès-sanèsipun. Kintên-kintên 8% saking cacahipun para kaum bêrah punika sami sakit lajêngan kemawon, lan ing pamêlikan papan panyambutdamêlanipun Tuwan Baars, Tuwan Baars wau sêring sangêt rêrêmbagan kalihan para dhoktêr, dene para dhoktêr-dhoktêr sami suka katrangan, bilih têtiyang samangke punika kirang sangêt kêkiyatanipun tumrap anyambutdamêl wontên ing pamêlikan ingkang saklangkung awrat punika.

Manawi katitik kawontênanipun pangasilan ing saindênging nagari, ing ngriku sagêd kacariyosakên, bilih gunggunging sadaya barang-barang, ingkang kawêdalakên ing tanah Ruslan saha ingkang awarni arta lajêng kabagi dhatêng para kawula, punika saklangkung sakêdhik sangêt, ngantos gêsanging tiyang langkung saking mlarat sangêt.

Makatên ugi lajêng kasumêrêpan, bilih sadaya-sadaya botên kenging katêlas-têlasakên. Samangke sabên taun-taunipun angèngèhakên arta sèwu yuta rubêl tumrap gantosing kêkiranganipun rêgining mêsin-mêsin tuwin tumrap yasa pabrik-pabrik enggal. Ing ngriki sampun têtela, bilih punapa ingkang sampun katindakakên punika satunggiling pangajaran ingkang anyakiti. Kalanipun griya-griya tuwin mêsin-mêsin sawatawis taun laminipun dipun lêmparakakên, ing ngriku lajêng kasumêrêpan, bilih jalaran patrap ingkang makatên punika sadaya wau têmtu badhe risak babarpisan. Sarana mêsin-mêsin ingkang risak lajêng botên sagêd anggarap barang-barang ingkang sae, sadaya-sadaya rêginipun lajêng awis sangêt, jalaran sapalihing wêkdalipun sadaya panggaotan kêdah dipun kèndêli, amargi kêdah andandosi mêsin-mêsin ingkang risak wau. Ingkang makatên punika kawontênaning pangasilan ingkang sabên taunipun kêdah dipun bagi-bagi saha ingkang amujudakên satunggiling pon, ingkang dados panggêsanganipun sadaya tiyang, punika lajêng mundur sangêt. Samangke lajêng mêndhêt lampah sanès, saha angèngêti, bilih mêsin-mêsin punika sagêd gêrang, tuwin sasampunipun sawatawis môngsa kêdah ngawontênakên mêsin-mêsin enggal malih, ingkang makatên wau kêdah lajêng mirunggakakên arta. Makatên ugi arta ingkang prêlu kangge ngagêngakên kabudidayan, kêdah mirunggakakên saking pangasilan ing dalêm sataun-taunipun.

Sajatosipun ingkang makatên punika sadaya sampun ngêplêki kemawon kalihan kawontênan-kawontênan ing nagari-nagari ingkang adhêdhasar kapitalismê. Amargi bêbathèning kabudidayan ingkang dening para sosialis tuwin para komunis sarana patrap mirah-mirahan sami kacobi murih tuwuhing bêbênteran, punika namung sabagian alit sangêt ingkang dipun pigunakakên dening para ingkang sami anggadhahi kabudidayan-kabudidayan wau. Dene bagian ingkang agêng, punika dipun anakakên malih, têgêsipun: kangge pokoking kabudidayan-kabudidayan enggal, utawi kangge angagêngakên ingkang sampun wontên. Tumrap angagêngakên kawontênanipun kabudidayan, mênggahing tanah Ruslan ingkang wênang ngêlong sabagian saking angsal-angsalaning kabudidayan ing sataun-taunipun, punika pamarentah, ananging ing nagari-nagari ingkang adhêdhasar kapitalismê, punika para partikulir piyambak.

Kados botên wontên ingkang badhe botên angakêni, bilih ing tanah Ruslan, kawontênanipun kabudidayan-kabudidayan prêlu kêdah dipun agêngakên.

Ingkang makatên punika, botên ngêmungakên kawontênaning pangasilan nagari kemawon ingkang kêdah mindhak, jalaran tiyangipun sabên taunipun tansah wêwah 22%, ingkang anjalari wêwahing têtiyang ingkang kêdah dipun ingoni tuwin dipun sandhangi, amila Ruslan ugi ambudidaya murih sagêdipun nusul dhatêng nagari-nagari sanèsipun mênggahing prayoginipun panggaraping barang-barang, têgêsipun: tiyangipun ingkang mara damêl dipun kirangi, ananging angsal-angsalanipun kêdah sami. Makatên ugi ing nagari Sopyèt tumrap para kaum bêrah kadadosanipun inggih botên beda kalihan ing nagari-nagari kapitalis, inggih punika manawi ing ngriku dipun wontênakên pirantos-pirantos mêsin kangge ngusung barang, utawi dipun wontênakên mêsin-mêsin kangge adamêl rokok sigarèt, punapa malih ing ngriku lajêng dipun wontênakên pirantos kangge amêcahi sela-sela, ingkang limrahipun namung dipun pêcahi ing tiyang mawi pukul bêsi kemawon, ingkang makatên wau panganggenipun dhatêng kaum bêrah lajêng botên prêlu. Ing tanah Ruslan sampun katêtêpakên, bilih para kaum bêrah, ingkang dipun kèndêli jalaran wontên sabab ingkang prêlu sayêktos, punika lajêng pikantuk karugian saking kabudidayan kathahipun miturut balônja ing salêbêtipun nêm minggu. Ananging sasampunipun nêm minggu wau, kawontênanipun para ingkang sami botên nyambutdamêl tamtu inggih lajêng wêwah kathah.

(Badhe kasambêtan)

Mripat

Mripat kang awas iku bisa nyampurnakake pandulu, nanging sampurnaning pandulu iku sok anuwuhake sabab, awit mripat sêdyane mung arêp andulu rêrupan bêcik, samôngsa wêruh rêrupan kang ora bêcik, sok banjur angrêmi. Mula bênêr sok nganggo klilipên barang, idhêp-idhêp tumônja dadi ukumane.

--- 508 ---

Watêking Bumi

[Dhandhanggula]

lir mangungak asrining jaladri / pêpongoling bawana kawuryan / ngrêspatèni mêmanise / mungguling watu-watu / lir sêsètu ngalangi warih / kukuh sarwa santosa / datan pisan kengguh / tinêmpuh ombaking toya / kang gumulung wutah têpining jaladri / katon sumawur seta //

gumuruhing alun tanpa srênti / kongsi katon toyaning samodra / yayah kinêbur anane / kadi pindhaning satru / adrêng dènnya tumêmpuh biting / sumarma tanpa mêndha / ngayati panggayuh / sanadyan mung tansah kontal / nanging kukuh tan pisan nêdya ngêndhoni / ing kasantosanira //

nanging bumi dènnya nanggulangi / mung rinasa sasakecanira / nadyan asru panêmpuhe / malah têlêsing banyu / pan rinaras amikantuki / ngasrêpi kang bawana / ing satêmahipun / sarasanira kang kisma / lir kawratan dènira angandhêg wiji / kang rumêsêp ing angga //

[Grafik]

sêdyanira lir nguwalna nuli / mrih ywa anggung jiwane kanggonan / rêrêgêd kang tanpa gawe / awit sajatinipun / ingkang kisma lumuh kêpati / yèn ta kêpotangana / marma parikudu / nglairkên dènnya kanggonan / gumêlar nèng donya dimèn ngrêspatèni / ngrêrêngga jagad raya //

sanggyèng sarah kang anjrah ing siti / myang rêrêgêd kang dinohan janma / sinrahakên ing dhèwèke / tinampi nir sêsiku / malah kamot nunggal sawiji / ingulah têmbenira / têmah dadya rabuk / makolèhi têtuwuhan / kang sumusup manjing angganirèng bumi / pinardi mrih widada //

tanpa kêndhat angandhut pakolih / sanadyan ta kaananing kisma / mring janma datan ginawe / pinèt ing pedahipun / nanging lumuh yèn tan mèt kardi / ywa kongsi ngênthak-ênthak / tan ngrêsêpkên kalbu / marma tan ketang têmahan / angganira mung kèbêkan ing bayêm ri / mêksa ngrênggèng bawana //

awit tuhu tanduking pangèksi / maksa maksih adarbe pangraras / mring warna ijo rêsmine / datan kadi pandulu / kang anon mring bêraning siti / yêkti kawuryan tuna / sêngsêmirèng kalbu / kang kadyèku têtêpira / utamaning luwih ambêgirèng bumi / lumuh kadananana// [kadanana...]

--- 509 ---

[...na//]

apan kadi kang kawarnèng tulis / pêpongoling kang sela kawuryan / kadi tan ana manise / mung yèn ginagas têrus / lir numusi rasaning ati / ngraras srining bawana / kang katon kêlangut / mirid ing kaananira / punang kisma dènira nêdya ngrênggani / rarasirèng sawangan //

duk ing dangu sela kang tumawing / katutupan sumawuring kisma / têmah nasabi ing têmbe / ing diwasane tuwuh / thukulan lit anguciwani / nanging wusing ngrêmbaka / sêngsême kadulu / pindha narendra sewaka / ngungak maring lumahira kang jaladri / nglangut tanpa wêkasan //

sumamaring punang nuswa alit / pindha wadya sumiwi ing nata / kang tan parêk sewakane / katon konjêm mabukuh / tanpa mosik amangênjali / dene risang narendra / siniwakanipun / umunggul nèng palênggahan / kang kawuryan mungging papan dahat sungil / ewuh pinarêkana //

dening nyata sri nata linuwih / kang kawasa ngayomi bawana / satibaning pangwasane / anggung obah sumiyut / tinêmpuh ingkang angin ngidit / lir nêbar kanikmatan / maring bawana gung / silir-siliring maruta / têmah mawèh adhêm ngayêmi dumadi / ing sakawasanira //

yèn rinaras ingkang mega putih / kang nèng wiyat katon gêgolongan / iku tan pae pindhane / êgaring payung agung / amayungi narendra bumi / kang nêmbe siniwaka / nèng têpining ranu / gumulunging jaladara / wusing wrata satêmah angêmbêng warih / ruruh atêmah warsa //

lir nyirami sariraning aji / ingkang nêmbe karênan cangkrama / satêmah ruruh ron-rone / pan iku pindhanipun / pangagêming busana salin / warastra kang têmbean / ijo riyu-riyu / satêmah tinêmunira / sri narendra kawuryan taruna malih / lulus ing asrinira //

pan mangkana rarasirèng warih / kang tumêmpuh têtêpining sela / lir misuhi sampeyane / mrih têtêp sang aprabu / katrêm dènnya ngratoni bumi / marma swaraning tirta / tan pae pangrapu / ulah raras kanikmatan / pindha swara kêpyaking gôngsa ngrêrangin / tumruntun tanpa kêndhat //

wus palastha rarasing panggusthi / kang upama watêking bawana / mung sarwa ayu anane / salami-laminipun / tanpa kêndhat mung dana bêcik / nadyan papan kuciwa / ing têmahanipun / uga bangkit mawèh raras / ingkang tuwuh saking kuwasaning bumi / kang murah tanpa pindha //

marmanira janma kang sayogi / aywa kêmba ing pangudinira / amrih antuk pamarême / awit sadayanipun / kaanan kang gumlar ing bumi / sayêkti ananira / mung dadya pangrapu / mawèh rarasing pirêna / kang sanyata mijil saking tusing ati / mring rasa kanikmatan //

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès

Muhammadiyah golongan mitulungi kasangsaran ing Ngayogya, mêntas ngawontênakên pista kangge têtiyang miskin ingkang dipun upakara ing P.K.O. gunggung wontên tiyang 60, pista wau minôngka ariayaning dintên lêbaran. Sadèrèngipun mawi dipun sêsorahi ing bab rekadayanipun Muhammadiyah murih têtiyang wau botên nêmahi sangsara gêsangipun. Sabibaring pista, têtiyang wau sami angsal ganjaran, sarung, ucêng tuwin rasukan taksih sami tigasan.

Saking kaparêngipun pamarentah Kajawèn, ing sakiwatêngêning pasarean [pasa...]

--- 510 ---

[...rean] ing Imagiri kadhawuhan nanêmi kajêng jati, awit gêsangipun badhe sagêd sae, jalaran ing ngriku sitinipun parêdèn, ingkang mathuk dipun tanêmi kajêng jati, saha kajêng wau prêlu badhe kangge sadhiyan tambal sulam karisakaning pasareanipun para nata ingkang sumare ing ngriku.

Sampun kawartosakên, bilih sêsakit pès ing Kutha Gêdhe, Ngayogya sampun ical, nanging sapunika wontên sêsakit ingkang sagêd nular tuwuh wontên ing ngriku, manawi mirid titik ingkang pinanggih ugi ngèmpêri sêsakit pès, ananging B.G.D. dèrèng nêtêpakên. Pulisi sampun anindakakên rêrigên saprêlunipun.

Lèpèn-lèpèn ing sakiwatêngênipun Parakan mêntas bêna agêng, swaraning sela ing lèpèn gumludhug, krêtêg ing Nrangkongan ing sambêtaning margi saking Parakan dhatêng Ngadirêja risak. Kangge tumindaking kawilujêngan, mawi dipun jagi ing pulisi.

Miturut suraosing sêtatsêblad No. 60 namtokakên, saking kaparênging nagari, wiwit tanggal 1 Januari 1927, para amtênar sipil ingkang nyambutdamêl ing Dhigul, ing sabên wulan angsal tulah, tumrap pangagêng ondêr apdhèling f 200,- wadana tèrbêskiking f 100,- bêstir asistèn f 60,- tèdhêlêk klèrêk f 25,- motoris f 15,- hèlêp motoris f 10,- tuwin juru mudhi f 7,50. Tampining tulah wau sasampunipun dumugi ing Dhigul, dene samôngsa kesah saking ngriku lajêng ical.

Pulisi mêntas anggledhah sawênèhing griyanipun bôngsa Tiyonghwa ing Pasar Sênèn, Batawi, sagêd manggih candu pêtêng wawrat kawan tail, dipun dhêlikakên wontên ing gulungan kasur, cariyosipun candu wau asli tumbas saking tiyang siti. Dakwa kaukum tigang wulan saha kadhêndha f 15.-.

Pakêmpalan Putri Budi Sajati ing Surabaya, badhe ngadani ngawontênakên pamulangan nênun kangge têtiyang padhusunan. Ingkang sinau ing ngriku botên ambayar, malah angsal bayaran ing dalêm sawulan f 12.- nanging sinaunipun kêdah tumêmên, tuwin angsal-angsalaning barang kêdah kapasrahakên dhatêng pangagênging pamulangan. Sarta benjing samôngsa sampun tamat pasinaonipun kapurih wangsul dhatêng dhusunipun. Tuwin dipun janji supados tumbas prabot panênunan mriku, kanthi nicil.

Pangrèh agêng Pakêmpalan Kristên Jawi, badhe gadhah atur dhatêng pamarentah, mugi golonganipun wontên ingkang kaangkat dados warga Rad Kawula, minôngka wêwakiling pakêmpalanipun.

Para guru ulah raga adamêl pasarasehan, angrêmbag bab tataning ulah raga, mupakat bab tumindaking ulah raga lare èstri, nanging kêdah salaras kalihan kasusilan wetanan, guru kêdah èstri, papan kêdah primpên. Tuwin ngrêmbag prêlu sanès-sanèsipun ingkang gêgayutan bab ulah raga.

[Grafik]

Wawasan kawontênanipun tangkisan ing dhusun Klampokrêja (Pare), ingkang kêlêban toya, ngantos samantên wiyaripun, ing Kajawèn ingkang badhe mêdal ing ngajêng punika, badhe ngêwrat gambar-gambar sanèsipun.

--- 511 ---

Wêwaosan

Sêsupe agêmipun rajaputri ing Seba

26. Ayang-ayanganing Kasangsaran

Salajêngipun Orme nuntên wicantên dhatêng sagawonipun, ingkang salaminipun piyambakipun sakit, tansah anênggani sarta mèh prasasat botên purun nêdha, mênggah wicantênipun wau makatên: ayo Pharaoh padha têtênggaran, apa kowe krungu, o, asuku kang andêmênakake lan sêtya ing bandara.

9. Pamriksaning Prakawis.

Sawatawis dintên sasampunipun wontên rêmbag makatên wau, ing pandhapi karaton dipun wontênakên parêpatan, badhe ngadili prakawis ingkang dipun pangarsani ing sang putri. Sarêng kula sadaya dipun irid malêbêt dening abdi juru jagi têtiyang Abati atusan sampun sami ngalêmpak wontên ing ngriku, lênggahipun sami satata wontên ing bangku. Ingkang wontên ing sisihipun, sang putri putraning nata lênggah ing kursi êmas, ingkang pungkasaning sendheanipun apêtha sirah singa, pangagêmanipun sarwa salaka ingkang mancorong, kudhungipun sinulam ing salaka wangun lintangan, kajawi punika ing rikmanipun ingkang cêmêng, dipun tumpangi ing makutha êmas, ing makutha wau namung wontên mripatipun satunggal, amancorong warninipun kados mirah. Lênggahipun sang putri wontên ngriku punika angagêm kudhung ingkang sajak winados anutupi wadananipun, lan angagêm pangagêman ingkang sarwa awis, sang putri sanadyan alit, nanging katingal ayu tuwin sumruwêng. Para saradhadhu sami ngadêg wontên sawingkinging dhampar, kalihan ambêkta talêmpak tuwin sabêt, sakanan keringipun sang putri para cèthi, langkung saking tiyang satus. Makatên ugi para kênya tuwin juru andandosi, ugi dipun tata wontên sakiwa-têngêning dhampar. Satunggal-satunggalipun abdi dalêm karaton wau, panganggenipun pating galêbyar, miturut agêng aliting pangkatipun.

Ing ngriku ugi wontên jendral tuwin kapitan, ingkang dipun pangagêngi ing Pangeran Josua. Pangarsaning pangadilan mangangge sarwa cêmêng, pangajênging agami sami mangagge pating glêbyar, makatên ugi ing ngriku wontên para tuwan tanah tuwin para têtiyang ingkang sami dipun sêbut lurah pêkên, inggih punika têtiyang ingkang dipun wajibakên mranata lampahing dagang.

Cêkakipun ingkang sami ngêmpal wontên ing ngriku punika, agêng-agêngipun tiyang Mur ingkang cacahipun namung sakêdhik, sadaya sami anggadhahi sêsêbutan ingkang inggil-inggil, malah wontên ingkang sêsêbutan pangeran, dene pangeran ingkang inggil piyambak inggih punika Pangeran Josua, ananging sanadyan sadaya wau kêtingal sênêng saha sae, ewadene sayêktosipun satunggiling têtingalan ingkang mêmêlas, amargi sadaya wau namung tirahaning kabrêgasan saha kamungguhaning bôngsa, ingkang kala rumiyinipun satunggaling bôngsa ingkang santosa saha luhur. Ingkang makatên punika têtela saking kawontênaning pandhapi ingkang sakalangkung jêmbar punika. Amargi sanadyan wontênipun parêpatan punika tumrap ngumum, ewadene ingkang anjênêngi wontên ing ngriku, namung saprapating cacahipun tiyang ingkang gadhah wêwênang anjênêngi ngriku.

Sasampunipun kula sadaya linggih sawatawis dangunipun lajêng wontên têngara mawi slompretan, sarta saking kamar ing sisih wontên tiyang dipun balênggu kairid lumêbêt, tiyang wau juru panêdah kula margi, inggih punika ingkang nama Shadrach.

Mênggah kawontênanipun papriksan, ing ngriki kula botên sagêd nyariyosakên kanthi salêsih. Papriksan wau dangu sangêt lan kula têtiga ugi sami dipun priksa, minôngka saksi nalika propesor tuwin pasakitan punika sami pasulayan, utawi malih prakawisipun Pharaoh lan sanès-sanèsipun. Ananging pasaksèn-pasaksèn ingkang anjalari Shadrach dipun anggêp lêpat, inggih punika saking atur pasaksèning kônca-kancanipun juru panêdah margi piyambak, ingkang dipun ancas badhe dipun sapu, manawi botên matur ing salêrêsipun.

Têtiyang wau satunggal-satunggal sami matur kalayan sumpah, bilih anggènipun angloropakên dhatêng mêngsah, punika sampun karêmbag rumiyin, malah wontên ingkang ambumboni, bilih Shadrach sampun sarêmbag kalihan tiyang Fung ingkang botên prayogi, inggih punika suka sasmita dhatêng têtiyang Fung badhe dhatêng kula punika, sarana ngobong alang-alang, malah piyambakipun nyobi, murih kula sadaya sagêda dipun tawan, salajêngipun Shadrach saha tiyang Abati sanès-sanèsipun, tuwin unta-unta, ingkang sami dipun momoti sanjata tuwin bêbêktan kula sadaya, sagêd anglajêngakên lampah kanthi wilujêng.

--- 512 ---

Shadrach botên ngangkêni sadaya wau, punapa malih kadosdene ingkang kacariyosakên, bilih piyambakipun sampun andhawahakên Higgs saking untanipun, ananging gorohipun wau botên mitulungi piyambakipun babarpisan, amargi sasampunipun dipun rêmbag kalihan sang putri putraning para nata, salah satunggiling priyantun pangadilan, ingkang mangangge sarwa cêmêng, andhawuhakên ukum pêjah kanthi siksa, inggih punika ukumanipun tiyang ingkang cidra dhatêng tanah wutahrahipun, sadaya barang darbèkipun kabêskup ing nagari, anak bojonipun sami kadadoskên rencang tumbasan, têgêsipun para sanak-sadhèrèk jalêr sami kadadosakên saradhadhu, dene sadhèrèk-sadhèrèkipun èstri sami nyambutdamêl kangge tiyang sanès.

Têtiyang sanèsipun sawatawis, ingkang sami angrujuki dhatêng Shadrach sumêdya ngloropakên kula sadaya dhatêng têtiyang Fung, ugi sami dipun bêskup barang darbèkipun, saha sami kadhawahan ukuman kadadosakên saradhadhu, têgêsipun caranipun ing ngrika botên beda dipun krakal.

Bibaring papriksan pangadilan wau dipun sarêngi pasambating têtiyang ingkang kadhawahan paukuman, mitra-mitra tuwin sanak-sadhèrèkipun. Dene wontênipun papriksan pangadilan kula cariyosakên ing ngriki, amargi adamêl katrangan ing bab gêsangipun sêsarêngan tiyang Abati. Kadospundi kadosanipunkadadosanipun. satunggiling bôngsa, ingkang para durjananipun tuwin tiyangipun awon botên kalêbêtakên ing pakunjaran, ananging lajêng dipun pigunakakên kangge prajurit, lan kadospundi kadadosaning satunggilipun bôngsa, ingkang têtiyangipun èstri, ingkang botên gadhah kalêpatan punapa-punapa kadadosakên rencangipun tumbasan para priyantun tuwin tiyang sanès-sanèsipun. Ananging kula kêdah mêwahi katrangan, bilih ukuman wau, ingkang kenging kawastanan adil sayêktos, amargi Shadrach sakônca-kancanipun wau sampun nindakakên lampah cidra dhatêng sawênèhing golongan, ingkang pancènipun Shadrach sakônca miturut dhawuhing ratunipun malah dados juru pitêdah margi dhatêng golongan wau.

Sarêng papriksan pangadilan wau sampun rampung, lan Shadrach nyuwun dipun luwari kanthi tawan tangis, dipun irid mêdal, para ingkang anjênêngi wau sadaya sami bibaran, lan lid-liding rad winados wau - gampilanipun kula wastani makatên - sami dipun undangi namanipun kangge nêtêpi kuwajibanipun. Sarêng sadaya wau sampun ngêmpal, kula têtiyang têtiga lajêng kapurih majêng saha kapurih linggih wontên antawising priyantun pangadilan, ing ngriku sampun dipun sadhiyani kursi kangge kula sadaya.

Sasampunipun ngaso sawatawis, kula lajêng tampi dhawuh kadhawuhan majêng, lan kula anyèlèh sêsupe agêmipun Rajaputri Seba wontên ing bantalan ingkang dipun bêkta ing salah satunggiling upsir karaton, upsir punika ingkang ngaturakên sêsupe dhatêng sang putri.

Kula lajêng umatur: Dhuh sang putri, mugi kaparênga mundhut wangsul jêjimat punika, ingkang kaparingakên ngampil dhatêng kula, minôngka kapitadosanipun sang putri dhumatêng kula. Kauningana, bilih saking dayaning sêsupe punika, kula sagêd ajak-ajak mriki punika dhatêng sadhèrèk kula, ingkang samangke katawan ing mêngsah tuwin mangrêtos dhatêng sadaya ingkang gêgayutan kalihan bab-bab kina. Dene kônca kula wau sagêd ajak-ajak dhatêng Kapitan Orme ingkang ngadêg wontên ngarsa panjênêngan, tuwin dipun kanthèni dening rencangipun, inggih saradhadhu punika.

Sang putri lajêng mundhut sêsupe wau kanthi dipun titipriksa anjalimêt, saha lajêng kaparingakên pariksa dhatêng para ngagêngingpangagênging. agami, bilih sêsupe punika tulèn.

Sang putri lajêng angandika: Sêsupe ingkang kramat punika, dados nêtêpi kados ingkang dipun sêdyakakên. Pisah kula kalihan sêsupe punika kanthi araos kuwatos tuwin sêmang-sêmang. Amila o dhoktêr, sangêt ing panarimah kula, dene panjênêngan sampun amangsulakên sêsupe kanthi wilujêng dhatêng kula tuwin para kawula kula sadaya.

Sêsupe wau lajêng dipun agêm ing dariji, ingkang sampun pintên-pintên wulan kacopot kaparingakên kula, makatên karampunganing prakawis wau.

Salajêngipun salah satunggiling upsiripun ambêngok makatên: Kangjêng sri narendra putri ngandika. Ing salajêngipun têtiyang inggih lajêng sami nirokakên mungêl kados makatên wau. Sasampunipun lajêng cêp, sidhêm pramanêm tanpa sabawa punapa-punapa.

Sarana swara ingkang êmpuk saha andêmênakakên, sang putri lajêng miwitwiwit. paring dhawuh pangandika dhatêng kula sadaya.

Dhawuh pangandikanipun sang putri: Dhuh tamu ngamônca saking tanah kilenan ingkang dipun wastani praja Inggris, mugi kaparênga mirêngakên atur kula. Panjênêngan kados sami nguningani dhatêng kawontênan kula kalihan bôngsa Fung punika. Têtiyang Fung tansah ngêpung wakul ambaya mangap tuwin nêdya nyirnakakên kula sadaya. Panjênêngan sadaya sampun nyumêrêpi, bilih sataun ingkang kapêngkêr, sabab saking kula kêpèpèt sangêt, kula lajêng migunakakên salah satunggaling kônca panjênêngan punika, ingkang kala rumiyin pinuju lêlana mriki, saha lajêng kula pitakèni, supados puruna mantuk dhatêng nagarinipun, mêndhêt pirantos-pirantos dhinamit, tuwin ambêkta tiyang-tiyang ingkang sagêd ngolah dhinamit, prêlunipun sagêda ngrisak brahalaning têtiyang Fung ingkang agêng sarta kawak punika, amargi tiyang Fung anêrangakên, bilih têtiyang wau sumêdya nilar nagarinipun, saha badhe manggèn ing sanès panggenan, samôngsa brahala wau sampun sirna. Makatên mênggah wêcanipun ing kina-kina.

(Badhe kasambêtan)