Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-04, #1643

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1928, #1643
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-01, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #373.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-02, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #374.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-03, #1643 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #375.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-04, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #376.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-05, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #377.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-06, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #378.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-07, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #379.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-08, #1643 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #380.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-09, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #381.
10.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-10, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #382.
11.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-11, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #383.
12.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-12, #1643 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #384.

--- [804] ---

Ôngka 27, 13 Sawal, Taun Jimakir 1858, 4 April 1928, Taun III

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [513] ---

Ôngka 27, 13 Sawal Taun Jimakir 1858, 4 April 1928, Taun III.

Kajawèn

Kawêdalakên Sabên Dintên Rêbo lan Saptu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Sêngsêming Sawangan ingkang Samar

[Grafik]

Manawi mirid wujuding kajêng barindhil tuwin langkaning lêmbu, pantês yèn gambar wau gambaring kawontênan ing Eropah, nanging manawi mirid wit kalapa tuwin barongan dêling punapadene wit randhu, gênah kawontênan ing Indhiya, dene nyatanipun kawontênan wau gambar ing Lembang (Bandhung).

--- 514 ---

Raos Jawi

Têmbung Sae Mênggahing Tiyang

Isèn-isèning donya, kaananing donya, punika pundi ingkang mawi dipun kanthèni ing têmbung: sae, atêgês ingkang karakêtan wau botên awon, mila sasagêd-sagêd, mênggahing tiyang angudia murih sasrawungan ing sae.

Sae punika manawi tumèmpèl ing barang, upaminipun sinjang, inggih lajêng dados sinjang ingkang awis rêginipun. Manawi tumrap ing griya, inggih lajêng dados griya ingkang nêngsêmakên, yèn tumrapa hawa, inggih hawa ingkang damêl kasarasan. Nanging tumrapipun ing tiyang, mathukipun kanggenan ing sae punika tansah kados cangkriman, awit angèl dumuk-dumukanipun, namung gampilanipun kemawon, saening tiyang punika dumunung wontên ing wawatêkan.

Tiyang ingkang kêdunungan wêwatêkan sae punika, satunggiling tiyang ingkang manggih kanugrahan agêng, lampahing gêsangipun tansah manggih sarwa sakeca, manggèna wontên ing pundi-pundi inggih sagêd srêg angsal papan ingkang adamêl marêming manah.

Ing nginggil sampun kacariyosakên, bilih saening tiyang punika angèl dumuk-dumukanipun, amargi pinanggih wontên ing wêwatêkan, nanging manawi dipun manah panjang, saening tiyang punika salugunipun pinanggihipun malah wontên pamawasing liyan, tumrap ingkang nglampahi piyambak malah botên ngrumaosi, awit samôngsa ingkang nglampahi ngrumaosi sae, punika atêgês kosokwangsul. Wontênipun makatên, bokmanawi jalaraning tiyang dados sae punika, sakawit saking abêbantên lampah, ingkang botên gampil linampahan ing tiyang limrah, jalaran tumraping tiyang limrah, anggènipun nindakakên tansah winoran ing pakolih, murih dipun wastanana tiyang sae, sampun tamtu kemawon lajêng amanggih kosokwangsulipun. Dados manawi makatên, botên nama anèh bilih tiyang kanggenan sae punika pancèn tiyang ingkang manggih kanugrahan sayêktos. Nanging tiyang wajib ngudi sarana ingkang dados jalaranipun sagêd manggih sae, dene manawi saenipun taksih pinanggih sae ingkang botên sayêktos, kêdah dipun raosakên, lan kadospundi murih sagêd manggih sae ingkang badhe botên luntur.

Kados para maos botên kêkilapan dhatêng cariyos lêlampahanipun Radèn Kakrasana nalika jumênêng wasi wontên ing Ngargasonya, apêparab Wasi Jaladara. Nalika jumênêng wasi wau, misuwuring asmanipun ngantos amradini praja-praja kanan keringipun, botên kêndhat tansah ingalêmbana ing akathah ing bab kasaenanipun. Nanging sang wasi babar pisan botên angrumaosi, bilih panjênênganipun dados tiyang ingkang angsal pangalêmbananing akathah, wontênipun namung angraosakên katêntrêmaning panggalih wontên ing papan sêpên, punanapapunapa. ing satindak lampahipun ingkang adamêl kalêganing tiyang sanès, sang wasi botên ngrumaosi dana pitulung.

--- 515 ---

Kamirahaning panggalih anggèning ngêbèri têdha dhatêng kasangsaraning têtiyang padhusunan ing sakiwatêngêning pratapan, ginalih: bilih têdha punika inggih rijêkinipun tiyang wau piyambak.

Kawontênan ingkang botên dipun rumaosi punika, malah kados nyêngkakakên wêdaling pangalêmbananing liyan. Kêlanturing wartos ngantos anênarik dhatêng laladan têbih, ingkang wosipun namung badhe ngindhakakên tuwuhing pangalêmbana.

[Grafik]

Wasi Jaladara prang tandhing kalihan Radèn Kartawiyoga.

Anyarêngi kalihan kalamangsanipun, Radèn Pamade kêsasar mriku, ingkang andadosakên jalaranipun sang rêsi pinundhut sraya sri narendra ing Mandraka. Ing ngriku saya kêtingal misuwuripun, awit sang wasi sagêd ngêntasi damêl, manggihakên putri nata Dèwi Erawati, ingkang dipun dhustha ing Radèn Kartawiyoga, wusana sang wasi tinariman putri wau, minôngka ganjaraning sayêmbara ing bab icalipun sang putri. Sadaya tindakipun sang wasi wau, ing bab rêkaosing lampah, anggènipun pêrang kalihan mêngsah sêkti, namung tinampi bilih punika tindaking lampah ingatasing tiyang têtulung, mila inggih saya sae kawontênanipun.

Nanging sang wasi sarêng jumênêng nata jêjuluk Prabu Baladewa, raosing panggalih ingkang kados makatên wau lajêng santun, rumaos manawi sampun jumênêng nata, kagungan panguwaos agêng, ngrumaosi manawi dados tiyang ingkang linangkung, ingkang kajêngipun dados tiyang sae wau. Sampun tamtu kemawon drajading sae kados kala jamaning wasi lajêng larut kemawon, awit sang prabu piyambak angrumaosi sae, wêkasan lajêng manggih kosokwangsulipun, cinacad ing akathah, bilih [bi...]

--- 516 ---

[...lih] sang prabu saenipun namung wontên sariranipun piyambak, têgêsipun sae ingkang botên murni.

Ing sapunika sampun cêtha kajêngipun têmbung sae mênggahing tiyang, têgêsipun sae punika botên sagêd sarana saking dipun angkati ing badanipun piyambak, dados sanadyan kalampahana, inggih ngrêgiyêg angawrat-awrati.

Panggulawênthah

Ngugung Lare

Ngugung lare punika botên beda kados pêpindhaning tiyang andhêdhêr wisa, ingkang dipun ajêng-ajêng tuwuha darubêksi, awit ing têmbenipun tamtu badhe manggih kapitunan, malah trêkadhang sagêd adamêl kirang prayogi dhatêng tiyang sêpuhipun piyambak.

Tiyang badhe botên sagêd maibên dhatêng katrêsnaning tiyang sêpuh dhatêng anak, awit nyata bilih anak punika kenging dipun wastani gêmpalaning jiwanipun tiyang sêpuh. Nanging tiyang sêpuh asring kalepyan, bilih gêmpalaning jiwa punika têgêsipun inggih jiwanipun piyambak, awit manawi rumaosa, tamtu botên kêdugi anglampahi ngugung dhatêng anakipun, dening ngugung punika badhe manggih woh botên sae, dados manawi pinanggih ing lêlampahan ingkang botên prayogi punika dipun êmohi ing badanipun piyambak, inggih lajêng karaos manawi tindak makatên punika botên sae.

Katrêsnanipun tiyang sêpuh dhatêng anak, yèn ta wujuda, kados ngungkuli agênging rêdi Sêmèru, sapolahtingkahing lare namung sarwa damêl panujuning manah, nanging sok adhakan tiyang sêpuh kêkilapan dhatêng kêladuking patrapipun, pundi ingkang nama dados watêsing katrêsnan, mangke kêraos-kêraos manawi sampun kêlajêng dados lare ugungan.

Yèn dipun gêlara mênggah cara-caraning angugung lare, kados botên kirang ingkang angêjori nêdya ngungkuli mênggahing pangugung, awit mênggahing pangugung, punika tumraping tiyang sêpuh inggih dipun raos kanikmatan. Botên kirang tiyang sêpuh ngalêmbana dhatêng anakipun anggèning gadhah tindak lêpat, malah dipun angge pameran, têmbungipun: Wah, pun thole, manawi nyêpêng krêtu anggènipun plikêt, ngantos botên kenging dipun lirik ing mêngsah, tur rêsik, môngka nama lare dèrèng ngumur, iba benjing manawi sampun dados tiyang sêpuh, têmtu pilih tandhing. Kados makatên kêtliwênging manahipun tiyang ngugung lare. Wontên malih ngalêm bab bêsusing anak, manawi nyandhang ngangge, sanadyan namung padintênan, kêtingal kados badhe jagong.

Sayêktosipun ngugung lare punika nama nyuwargakakên anak salêbêtipun tinêngga ing tiyang sêpuh, nanging sasampunipun dipun tilar, pun lare lajêng mapan manggèn piyambak wontên ing naraka, piduwungipun pinanggih ing wingking. Inggih manawi namung trimah kêduwung, awit kêduwung punika atêgês angambah ing

--- 517 ---

èngêt, balik kalajêng anggènipun andarung, punika pitunaning lare tansah nuwuhakên wêlasing liyan.

Sampun têrang sangêt tuwuhing pangugung punika sakawit saking kêtarik ing trêsna, tuwin trêsna wau anêrusi rinaos ing lare ingkang dipun trêsnani, wêkasan lare lajêng katlêtuh malah lajêng botên ngrumaosi manawi ingkang makatên wau dados pangugung namung dipun anggêp cara limrah kemawon.

Lare ingkang ugungan, wiwit alit tansah dipun kudang-kudang, sabên nangis lajêng dipun bopong-bopong, mawi dipun lairi ing têmbung pangeman, ingkang adamêl mongkoging lare. Dangu-dangu lare lajêng manggèn, sabên nangis nêdha dipun eman-eman, manawi botên dipun ngatênakên, badhe botên kèndêl-kèndêl anggènipun nangis.

Lare ingkang sampun kêdunungan pamanahan ingkang kados makatên punika manawi sampun kêdunungan sêsêrêpan sakêdhik kemawon lajêng gadhah panêdha: aku tukokna anu, ta. Wangsulanipun tiyang sêpuhipun: iya, iya. Punika inggih dipun lêksanani sayêktos.

Ing ngriku manahing lare saya ngrêbda angkaranipun, punapa-punapa sarwa nêdha ugungan, dalah badhe têtak kemawon, yèn anaka jalêr, ugi gadhah panêdha: aku ya gêlêm têtak yèn nganggo jès bèn. Tiyang sêpuhipun inggih namung sarwa mituruti, sanadyan garunêngan: e, arêp têtak bae nganggo anjaluk jès bèn. Nanging sênêng.

Lan malih, pangugung punika ugi dados jalaran tuwuhing pamanahan botên prayogi, purun nindakakên patrap siya dhatêng sasamining makluk, kados ta nyiksa kewan, mlinthêngi pêksi tuwin sanès-sanèsipun, awit lare ugungan ingkang gadhah tindak kados makatên punika botên nate dipun saruwe ing tiyang sêpuh, malah namung dipun alêm.

[Grafik]

Pun Sarija, saking ugunganipun, lajêng dados lare tindak siya.

Môngka sampun cêtha sangêt, lêlampahan sadaya wau upami latu botên wontên sirêpipun, adhakan malah andados. Ing benjing tiyang sêpuh wiwit kraos, samôngsa lare sampun wiwit ngancik diwasa, panêdhanipun anak tamtu saya agêng, yèn ta puruna nyambut damêl, inggih badhe botên sagêd manggih katêntrêman ing gêsangipun, awit gadhaha balônja sapintên, inggih dèrèng rumaos cêkap, awit sampun kalajêng gadhah dhêdhasar manawi watêk ambucal punika dipun anggêp sanès punapa-punapa.

Dhuh, pituna punapa mênggahing tiyang sêpuh, manawi

--- 518 ---

manggih lêlampahan ingkang kados makatên, ajuring manah tamtu andamêl sangsara. Nanging kadospundi malih, nama sampun wajibipun tiyang nênanêm ngundhuh wohipun.

Mila ingkang sayogi, mênggahing tiyang sêpuh namung wajib andhêdhêr wiji sae dhatêng anak, awit kasakit-sakiting anak ingkang manjing dados piwulang, yèn ta paiting jampi, badhe dados kasarasaning badan.

Jagading Wanita

Raosing Biyung Nyapih Anak

Tumrap ing bôngsa Jawi nyapih lare punika kalêbêt pandamêl ingkang dipun lampahi kanthi tatacara ingkang kikrik sangêt, malah trêkadhang botên cêkap dipun lampahi ing biyung piyambak, kêpêksa mawi pitulunganipun tiyang sanès, manawi taksih gadhah êmbah (êmbahing lare ingkang dipun sapih), ingkang nyapih inggih êmbahipun, dene manawi botên gadhah, inggih mêndhêt tiyang sanès, ingkang sampun sêpuh umur-umuranipun.

Pinanggihipun wontên ing jaman sapunika, nyapih lare ingkang mawi tatacara kados makatên punika kathah ingkang sami anggêgujêng, awit mênggahing lare ingkang panêsêpipun miturut caraning dhoktêr, pêthaling lare saking sêsêpan punika pinanggih wontên pakulinan, awit sasampuning lare tata panêsêpipun, kèndêlipun gampil kemawon, pun lare prasasat botên rumaos manawi dipun sapih. Nanging sajatosipun caraning panyapih ingkang gampil kados makatên wau, taksih lôngka sangêt ingkang anglampahi, wontênipun makatên, awit mênggahing tatanipun tiyang limrah, caraning nêsêpi punika awis sangêt ingkang mawi pranatan, dados manawi dipun cacahna, mèh sadaya taksih ngangge cara nêsêpi ingkang tanpa petang, dados kenging dipun wastani taksih ajêg angênggèni tatacara kina.

Dene ingkang dados jalaranipun, sapisan saking botên teganan angèndêlakên lare nangis cêngèr-cêngèr, ingkang pancèn gampil lajêng kèndêl dening dipun sêsêpi, malah kêladuking panampinipun pun biyung, rumaos manawi pun lare punika anggènipun nangis anangisi barang gadhahanipun piyambak, pun biyung sadrêmi namung anggadhuh utawi kanggenan pangombening lare, mila manawi dipun têdha (dipun tangisi) wajib lajêng nyukakakên. Kaping kalihipun, jalaran namung saking mirid kacêkaping prêlu, awit tumrapipun tiyang limrah, ngopèni lare alit punika satunggaling padamêlan ingkang awrat sangêt, manawi botên sagêd rapih larenipun, saèstu badhe ngèthèrakên padamêlan sanès-sanèsipun, môngka tumraping tiyang èstri, thêk kêliwêring bale griya punika kêjibah dados wajibipun sadaya. Mila murih gampilipun inggih namung nindakakên rekadaya dhatêng kèndêling lare, inggih punika sabên nangis dipun sêsêpi.

--- 519 ---

Patrapipun ingkang makatên punika anjalari kêkêting lare dhatêng biyung, awit pun lare rumaos botên nate pisah kalihan pun biyung, sabên cêngèr-cêngèr nangis, klakêp, dipun sêsêpi. Cêngèr-cêngèr beka inggih dipun makatênakên. Badhe tilêm saya. Dados petanging panêsêpipun wontên ing luwe, mêlèk kalihan badhe tilêm, môngka sajatosipun tigang prakawis punika tansah pinanggih tumaruntun, sêlanipun namung manawi pinuju tilêm. Jalaran saking kulinanipun makatên wau, ngantos tuwuh wontên têmbung êmik, sakêdhap-sakêdhap pun biyung mungêl: êmik gèr, êmik. Dangu-dangu lare ngantos sagêd wicantên aniru mungêl êmik. Malah ngantos agêng pisan, lare ingkang sampun sagêd nêdha ngombe toya lantingan, têmbungipun inggih nêdha êmik, dados manawi makatên, êmik punika têgêsipun ngombe, nanging ngombe ing lare alit.

[Grafik]

Panggulawênthah ingkang sae, andadosakên prayogining lare.

Sarèhning tatanipun sampun kalajêng kados makatên, mila kêdah anglampahi rêkaos kalanipun badhe nyapih lare. Dene limrahipun nyapih lare punika manawi jalêr gangsal wêlas wulan, manawi èstri wolulas wulan. Sampun tamtu kemawon badhe mêthal lare ingkang sampun umur samantên punika angèl, awit pun lare sampun kêdangon anggènipun pakulinan kalihan pun biyung rintên dalu, lajêng badhe dipun ewahi dadakan. Dene panyapihipun dipun angkah manawi taksih wontên jawah, prêlunipun supados lare botên tansah ngêlak.

Nanging wontên saenipun, dene tiyang sêpuh lajêng mirantosi kabêtahaning lare sarwa prayogi, inggih punika manah prayogining têdhanipun, sêkul utawi lawuh ingkang sarwa botên gorengan, tumrap ingkang sawêg sapihan thil, lawuhipun tigan ayam bakaran, pangombèn toya wedang kaleyang godhong dhadhap, ingkang dipun asrêpakên, panganan inggih ingkang sarwa kêlêman, punapadene syarat pirantosipun nyapih lare, tapêl pupuk punapadene cêkok, wosipun kangge panjagi kasarasaning lare.

Ing salêbêtipun dipun sapih enggalan, lare botên dipun cakêtakên ing biyung, prêlunipun anjagi, murih lare botên èngêt badhe nêsêp. [nêsê...]

--- 520 ---

[...p.] Dene ingkang prêlu sangêt dipun pisahakên, punika dalunipun ingkang kapisanan, awit ing ngriku dununging tangis ingkang nyêdhihakên manah, ingkang nama tangis beka, sakêdhap-sakêdhap tansah jêmpling-jêmpling, manawi sampun têngah dalu kantun anggiyêngipun, tilêmipun cat-catan. Ing dalu wau pun biyung manawi mirêng tangising lare, manahipun kados dipun rontog, rumaosipun kados botên kêdugi-dugia nyapih, kathah ingkang pun biyung ngantos ambrêbês mili. Dene tumraping tôngga tapalih, ing kalanipun wontên lare dipun sapih enggalan, sabên dalu tamtu mirêng swaraning tangis, ingkang rinapu ing pangrêrêpi nganyut-anyut, kêraos bilih pangrêrêpi wau mêdal saking sucining manah.

Sarapih ing lare, ing ngriku pun biyung rumaos manggih kasênêngan, anakipun kêtingal doyan nêdha, saha lajêng lêma. Makatên ugi pun biyung rumaos wiwit ngaso sawatawis saking anggènipun ngantak-antak wiwit ngandhut ngantos dumugining titimôngsa wau. Yèn ta wujuda tiyang ambêbêkta, ing sapunika: o--s, ngasokakên napas.

Waosan Lare

Dongèng

[Dhandhanggula]

iki ana crita luwih bêcik / kang tinêmu ing tanah Eropah / kaya wayang yèn ing kene / manis abangêt patut / caritane nêngsêmke ati / nanging kabèh bonekah / padha pating jrumbul / sapolahe ora beda / kaya uwong nanging kabèh cilik-cilik / maine nèng panggungan //

kocap ana Wlônda luwih sugih / atêtanggan karo wong malarat / sing sugih Jambrut jênênge / sing mlarat Tuwan Tlêkun / kaanane wong loro kuwi / ora tau pêthukan / awit Tuwan Jambrut / rumasa dadi wong kaya / yèn ngantia wanuh lan wong mlarat isin / luwung ora pêthukan //

Tuwan Tlêkun abangêt prihatin / ngrumasani yèn dadi wong mlarat / kaya disatru tanggane / nanging bangêt le mungkul / nyambut gawe sarina wêngi / awit duwe tanggungan / bojo anak biyung / yèn ora direwangana / banting awak wis mêsthi ora nyukupi / dipangan sabên dina //

kala-kala Tuwan Tlêkun mikir / nêdya arêp golèk pagaweyan / murih mundhak pamêtune / môngka nyatane wêruh / duwe tôngga sing bangêt sugih / pantês yèn maronoa / anjaluk pitulung / nguluri undhaking pangan / nanging uwis kalakon aboli-bali /abola-bali. durung tau kêlêgan //

Tuwan Tlêkun malah entuk uni / saka Jambrut sing ora kapenak / sangsaya manèh nyonyahe / bangêt anggone ngrawus / malah sajak mêmirang ati / ing unine mangkana / aku êmoh wanuh / mêngko mundhak kêtularan / mili-milu kaya kowe dadi miskin / wis ta enggal lungaa //

sabaline Tlêkun nglara ati / tansah gagas lêlakoning awak / yèn ta klaira mangkene / awak [awa...]

--- 521 ---

[...k] yèn lagi kojur / bêbasane disatru bumi / yèk tak idak sêsambat / kabèh ora mathuk / sapuluh dikapakêna / wis bêgjane anggonku tinitah urip / dadi wong kasangsara //

wise ngono kêtuwuhan osik / nêdya mêmpêng gone budidaya / nyêngkut sadina-dinane / wekasane kêtêmu / pamêtune mundhak sathithik / lawan gêmi kaliwat / mênyang tônja wêruh / yèn ta arêp ngêculêna / tumanjaning dhuwit bangêt ditaliti / ora kêna sêmbrana //

[Grafik]

suwe-suwe nyênyimipên sathithik / nuli reka-reka sêsrawungan / dodolan barang sapele / tinêmu dadi mulur / banjur mundhak gêdhe sathithik / dilalah nêmu bêgja / lakune dumlundung / karo olèh kapitayan / saka wong-wong srawungane golèk bathi / dagangan sabên dina //

barêng kira wis sataun luwih / mundhak wanuh lan para sudagar / dadi darbala sugihe / cêkake saya mumbul / malah Tlêkun ngrasa saiki / ora patut manggona / omah anèng kampung / mula banjur yasa omah / anèng kutha anjênggarang sarwa bêcik / sasat dalêm pangeran //

rêrênggane ketok sarwa pèni / sapa bae mêsthi ora ngira / yèn Tuwan Tlêkun dhèk biyèn / sawise ngono mau / Tlêkun saya angrumasani / lan sukur ing Pangeran / dene ta anêmu / gêdhene kang kanugrahan / ing saiki bisa dadi uwong mukti / luwih sapadha-padha //

lan batine iya ora lali / yèn sing dadi jalarane mulya / Tuwan Jambrut têtanggane / awit ngrasa diwasuh / kang ditômpa wêwulang bêcik / dadi gone nalôngsa / minôngka panuntun / mulane tansah anggagas / kaya priye margane bisa malêsi / nyang utamaning tôngga //

dhèk samana ing dina sawiji / Tuwan Tlêkun kirim layang mênyang / Tuwan Jambrut surasane / diajak dhahar kêmbul / aja nganti ora ngrawuhi / dhèk Jambrut tômpa layang / alise jêngkêrut / jroning ati gagas-gagas / apa iki Tlêkun sing dhèk biyèn miskin / wong têtanggaku lawas //

dhèk sing wedok wise dikandhani / isih têtêp anggone angina / dene unine mangkene / ah iki misthimêsthi. dudu / awit aku dhewe nyipati / Tuwan Tlêkun dhèk lunga / saka kene iku / jalarane kêmlratan / karo mokal upama dhèwèke

--- 522 ---

wani / ngulêm-ulêmi dhahar //

iki mêsthi bangsane wong sugih / ing mulane gêlêm sêsrawungan / mênyang aku karo kowe / sawise ngono Jambrut / banjur padha anglêksanani / lakune wise têkan / wong loro agumun / dene ana omah brêgas / sasat swarga kaanane sarwa èdi / durung ana sing madha //

ora suwe nuli diwêtoni / wong barêgas lanang wadon mapag / pating glêbyêr sandhangane / kapyak anggone mêthuk / Tuwan Tlêkun karo amuni / lah môngga sakalihan / kula pun Talêkun / kang tampi brêkah sampeyan / sapunika ragi mèmpêr pun rawuhi / lah lajênga sumôngga //

Tuwan Jambrut tumratab ing ati / lan sing wedok ya samono uga / dene mangkono dadine / ananging Tuwan Tlêkun / wêruh sêmu banjur amuni / punika griya kula / sawêg nêmbe rampung / môngga dipun priksanana / ing sayêktosipun kula mung sadrêmi / nglanturkên brêkah tuwan //

nuli dijak mlêbu kamar pèni / kono ana wong wedok wis tuwa / upyêk nyênyênêng putune / sing lêmu thipluk-thipluk / karo nabuh piyano bêcik / dene si nini tuwa / iya kuwi biyung / lan nonahe iku anak / kang kabèhe dhèk biyèn sing padha nyranthil / saiki sarwa brêgas //

barêng wêruh kaanane kuwi / Tuwan Jambrut lan nyonyahe padha / ketok biyas ing ulate / kang lanang mlongo gêtun / lan sing wadon kaya wong isin / banjur bae pamitan / dene Tuwan Tlêkun / atine bangêt nalôngsa / awit ngrasa yèn dhèwèke diarani / ngêlèhna amêmirang //

môngka ora pisan duwe ati / wêkasane iya mung nalôngsa / karo nyêdhaki bojone / dene anake mau / ningkring anèng piyano linggih / bangêt anggone bungah / êmbahne dêkukul / ing wusanane bubaran / kêmbang klampis caritane êntèk uwis / dene karêping crita //

ing sabisa mungguh wong urip /Kurang satu suku kata: ing sabisa mungguh wong ngaurip. aja bangêt-bangêt gone ngina / mênyang uwong papadhane / awit sapa sing wêruh / nyang lêlakon ing têmbe buri / yèn nganti kêlakona / ngêlèhke ing besuk / mêsthi nêmu kawirangan / lan orane mêsthi kêrasa ing ati / kang ora bisa oncat //

Pangintuning Kajawèn Nomêr Lêbaran

Ing Kajawèn sampun nate nyariyosakên ing bab caranipun ngintunakên buku-buku, punapadene kalaning ngintunakên wêdaling kalawarti Sri Pustaka, Panji Pustaka sarta Kajawèn, kawontênanipun sakalangkung upyêk, saking kathahipun ingkang dipun kintunakên. Saya sarêng nyarêngi wêdaling kalawarti Panji Pustaka tuwin Kajawèn nomêr lêbaran, punika ibutipun ngungkuli saking padatan, punika sababipun warni-warni, sapisan saking kathahing lêngganan saya mindhak, kêbêkta saking jalaran badhe wêdalipun nomêr lêbaran. Kaping kalih kabêkta saking ngangkah murih dhatênging kalawarti wau wontên ing ngarsanipun para maos ing tanah Jawi, sagêda angêplêki kados caraning tiyang pêpanggihan nuju dhawahing dintên riyadi,

--- 523 ---

kaping tiganipun kêtarik saking ngèngêti bilih ingkang dipun tindakakên punika padamêlan kangge kabêtahaning lêbaran, dados nyata bilih kalawarti nomêr lêbaran punika tansah nênarik damêl kasênêngan.

Yèn ta dipun manah panjang wêdaling kalawarti nomêr lêbaran punika, wiwit saking pandamêling karangan ngantos dumugining wêdalipun pisan, kêtingal manawi tumindakipun langkung saking padatan, kados ta: pandamêling karangan, anggènipun ngrêrêngga sapanunggilanipun, sadaya sami katindakakên kanthi pangangkah murih damêl panujuning galihipun para maos.

[Grafik]

Kalampahan sêmbadaning wêdalipun kalawarti nomêr lêbaran wau anêtêpi kados pangangkah èsthining manah, mila sarêng nyarêngi wêdalipun wau, para ingkang sami tumindak ing damêl kêtingal anggènipun giyak.

Kawontênan ingkang kacariyosakên sadaya, para maos sagêd anêksèni mirid nalika pangintunipun kalawarti wau, kados wujudipun gambar ingkang sumandhing punika.

Ing papan ingkang katingal punika padunungan ingkang kangge ngintunakên kalawarti, sadaya kalawarti ingkang sampun ambabar saking kantor pangêcapan lajêng dipun kalêmpakakên wontên ing ngriku, lajêng dipun êbani tuwin dipun pranggko kakintunakên dhatêng kantor pos, pambêktanipun dhatêng kantor pos dipun êwrat ing prah oto. Ing ngriku kêtingal tumpukaning Panji Pustaka tuwin Kajawèn ngantos ngundhung-undhung, wontên ingkang ngantos saêdêging tiyang. Môngka ingkang kêtingal punika dèrèng sadaya, awit pangintunipun dipun angkah tansah lumintu ambanyu mili, awit saupami dipun tandhêga, saèstu ngêbak-êbaki papan ing ngriku.

Punapa kawontênan ingkang kados makatên wau botên têtela, bilih upyêk tuwin janggêrênging wujud ingkang kados makatên punika namung murih adamêl pirênaning panggalihipun para lêngganan. Mila sarêng sampun kanyatan, bilih tindak wau adamêl karênan, Bale Pustaka namung suka sukur, mugi panggalihanipun para lêngganan lêstantuna rêna nguningani dhatêng kawontênaning kalawarti wau, lan salajêngipun Bale Pustaka badhe botên kêmba angudi lêstantunipun makatên. Lan malih dipun angkah sangêt, benjing wêdaling kalawarti nomêr lêbaran malih sagêda damêl pirêna ngungkuli kados ingkang sampun. Amin.

--- 524 ---

Bêna ing Pare

[Grafik]

Kiwa nginggil, bêndungan ing Bancangan, dhadhal. Têngên nginggil, margi tram K.S.M. risak, ngandhap kiwa margi Pare-Jombang ical krêtêgipun, ngandhap têngên margi Badhas-Grudha krêtêgipun dhadhal.

--- 525 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Bab Sintên ingkang Wajib Sinêmbah.

Petruk : Ora Rèng, kaya saiki wis tiba saate kowe anêtêpi jangjimu, yaiku anyaritakake sapa sing wajib sinêmbah kuwi, nèk rumasaku ora ana liya kajaba mung Kang Kuwasa dhewe.

Garèng : Mula iya bênêr, kang wajib disêmbah kuwi ora ana manèh, mung Pangeran. Ananging sarèhne Pangeran iku ora gatra, ora kasatmata, dadi iya para badal utawa wêwakile sing padha wajib disêmbah, yaiku: wong tuwa lanang wadon, guru, maratuwa lanang wadon, lan ratu, mungguh sing kêna kang diarani ratu kuwi panggêdhemu dhewe.

[Grafik]

Petruk : Mara wijangna siji-sijine, sababe apa dene wong-wong mau wajib disêmbah.

Garèng : Lho kuwi mangkene, kang nomêr siji wong tuwa lanang wadon wajib disêmbah, kuwi sababe jalaran dadi lantaraning tumuwuh urip nang ngalam donya kiyi, lan…

Petruk : Mêngko dhisik, Rèng, aku tak nyêlani, nèk rumasaku omongmu kiyi ora kêna kanggo waton wong tuwa wajib disêmbah. Amarga nèk tak pikir-pikir, kaya si rama kuwi putrane kajaba aku lan kowe, rak pating tlècèk pirang-pirang ana ing ngêndi-êndi, apa kabèh mau rama ana niyate arêp nyuwun anak, têmtune bae rak iya ora, ta.

Garèng : Kurang ajar, kathik ngritik si rama, dumèh si rama ora kêna priksa thukmis. Truk, têmtune kowe durung tau maca buku Rangsang Tuban, ing kono ana kalimahe, kang raphalane mangkene: pangkur wuryaning gitaya / sadurunge kaki sira dumadi / anèng ngêndi dunungipun / yêktine saking ora / bapa biyung dadi lantaran tumuwuh / yêkti tan yoga mring sira / mung saking dêrênging ati // Hara ta, modar cocotmu ora. Dadi ing kono têtela yèn wong tuwa kang wêruh ing bênêr, mêsthi ora ngrumasani yèn nitahake, mung rumasa dadi lantaran, dene wênange disêmbah iya wis bênêre, awit wong tuwa kang anjalari dadining jênggêlêgmu mau.

Petruk : Hla rak mêngkono, nang ati dadi mak srêg. Saiki apa manèh sing majibake wong tuwa kudu disêmbah.

Garèng : Yakuwi anggone wong tuwa tansah ngupakara wiwit cilik, lan anggone tansah anrêsnani ora ana sing amadhani.

Petruk : Wah, kiyi aku ora mathuk alias ora cocog dhi dhalêm hati. Sababe mangkene: aku dhewe wis tau ngalami wong

--- 526 ---

tuwa, sing anake wiwit jêbrol banjur dititipake nyang wong liya, lan sabanjure ora ngaruhake babarpisan karo anake mau. Nèk miturut omongmu ing ngarêp, wong tuwa kang mangkono mau ora prêlu disêmbah, awit ora ngupakara utawa manèh ora anrêsnani mênyang anake mau. Yak, kiyi aku kok ora mathuk têmênan.

Garèng : Pancèn iya sok ana wong tuwa kang mangkono kuwi, ananging kuwi rak ora jênêng lumrah, lumrahe wong tuwa kuwi, iya ngupakara iya anrêsnani anake. Dene ana wong tuwa masrahake anake dhewe nyang wong liya, kuwi aja kok anggêp yèn wong tuwa mau ala, bisa uga jalaran kêna aral kang gêdhe kang anjalari ora bisa ngopèni anake klayan samêsthine, kaya ta: jalaran biyunge lara bangêt utawa mati, utawa saka ora duwe, lan liya-liyane aral manèh, têmtune kowe ora bisa anggambar kaya apa laraning atine, kalane wong tuwa pisah karo anake mau. Mulane kang dadi anak iya kudu wajib wêlas marang wong tuwa kang mangkono mau. Utawa manèh iya kudu wajib angajèni apa mêsthine.

Petruk : Lha, kuwi aku mupakat dhêngên sigrah, sabênêre tumraping anak kuwi, ora prêlu ngèlingi nyang bêbudèning wong tuwane, ala utawa bêcik, dhèk biyèn angopèni utawa ora, anggêr wis jênêng bapa biyunge dhewe, kuwi wis dadi wajibing anak kudu trêsna lan angajèni. Mungguh wêlase wong tuwa mênyang anak, kuwi pancèn iya ora kêna dipaido têmênan, tandhane aku kiyi bae tumrape ponakanmu Si Kamprèt. Saking wêlasku mênyang dhèwèke, kabèh dosane aku iya banjur mèlu ngrewangi mikul.

Garèng : Lho, Kamprèt kadosan apa têka kowe banjur ngrewangi mikul.

Petruk : Ha mara, apa mèmpêr, sawijining dina Kamprèt kuwi kathik malinthêng dêruk nganti mati, apa kuwi ora dosa arane. Saking wêlasku marang dhèwèke, lan supaya dosane mau aja dipikul dening Kamprèt kabèh, mulane barêng dêruke mau wis digorèng, dak plalahi aku sing mangan iwake kabèh.

Garèng : Wis, kurang ajar, la kuwi jênênge rak apus wikrama. Seje karo aku nyang ponakanamu Si Poniyêm. Saking wêlasku nyang dhèwèke mau sanadyan dilamar wong bola-bali, mêksa iya ora dak êcul-êculake, awit aku kuwatir yèn nganti anakku mau ora bisa mangan, utawa manèh kuwatir, yèn anakku nganti diwayuh sadhosin, apa nèk mêngkono kuwi ora lara atine anakku. Yèn anak nganti susah, têmtune wong tuwa iya mèlu nalôngsa. Mulane Si Poniyêm iya takêkon grampungake sakolahe dhisik.

Petruk : Lha, kuwi jênênge manut karo jamane, aja kok mung bocah lanang bae sing disakolahake, sanajan anak wadon iya aja nganti kari, lo, Si Poniyêm kuwi kok sêkolahake apa, apa kok sêkolahake kang kanggo ondêrwisêrès.

Garèng : Wiyah, iya mêsakake, karo

--- 527 ---

mênèh ing kene ora ana arèn.

Petruk : Hus, kuwi rak tukang andèrès, ondêrwisêrès kuwi têgêse: guru wanita.

Garèng : Pangkat guru wanita kuwi mula iya utama, mung bae rada kalawasên sêkolahe. Mulane Si Poniyêm takkon sêkolah, sing mung sadhela ning akèh pamêtune, yakuwi pamulangan kanggo para ahli pangêlusing kabèh panganggo.

Petruk : Sêmbrana, kathik omongane diubang-ubêng, ambok iya disakolahake kanggo tukang pênatu, rak iya wis cunthêl. Wis samene bae dhisik, besuk manèh padha dibanjurake anggone padha rêmbugan.

(Badhe kasambêtan)

Pêkên ing Fort de Kock

[Grafik]

Sampun limrah ing sabên nagari, malah dumugining dhusun-ngadhusun ingkang agêng sami wontên pêkênipun. Pêkên punika dados pajujuganipun tiyang pados kabêtahaning abale griya, tumrap pêkên ingkang alit namung kabêtahan têdha, nyêngkanipun dhatêng sandhang pangangge, dene tumrap pêkên ingkang agêng, sathêk kaliwêring kabêtahaning tiyang punika wontên sadaya, awit kajawi papan ingkang limrahipun dipun wastani pêkên, sakiwa têngêning pêkên wau kathah toko-toko ingkang sami sêsadean barang warni-warni, ingkang ugi taksih kêgolong peranganing pêkên.

Tumrap ing padhusunan, wancining pêkên, ingkang lajêng kêtêlah dados pêkênan, punika ing dalêm gangsal dintên (sapêkên) namung sapisan, kathahipun kaping kalih, mêndhêt saking dintên pêkênan inggih punika, Lêgi, Pahing, Pon, Wage, tuwin Kliwon. Mila sabên wancinipun wontên tiyang [ti...]

--- 528 ---

[...yang] sêsadean wau dipun wastani pêkênan, manawi botên nuju makatên sêpên kemawon. Dene tumrap sanès panggenan ingkang botên migunakakên pêkênan, inggih ngangge dintên.

Tumrap satunggal-satunggaling pêkên punika wanguning griya beda-beda, nanging ingkang limrah sami adhapur los babanjêngan. Ing sisih punika gambaring pêkên ing Fort de Kock Sumatra. para maos sagêd anggalih mênggah bedaning wêwangunanipun. Dene griya ingkang mawi panggungan punika, ingkang ngandhap kangge padhasaran, ingkang nginggil dipun ênggèni kangge tilêm.

Cariyos Wigatos

Kawontênanipun Sophyèt Ruslan ingkang Sajati

Candhakipun Kajawèn ôngka 26

XIV. Pêthikan saking sêrat kabar A.I.D.

Kawontênanipun Ekonomi

Cacahing têtiyang ingkang botên sami anyambutdamêl wau, ing salêbêtipun taun-taun ingkang kapêngkêr punika, inggih lajêng enggal sangêt anggènipun wêwah kathah, inggih punika sasampunipun ngawontênakên pranatan pambagian arta, tuwin sasampunipun saking panginggilan wiwit dipun têdha kanthi wongsal-wangsul, murih rêgining barang-barang dipun suda, makatên ugi cacaging têtiyang ingkang botên nyambutdamêl inggih lajêng kawêwahan dening têtiyang saking padhusunan, amargi sanadyan pamêdaling têtanèn sampun mèh nyamèni kalihan kala ing taun 1913, ananging wiwit wêkdal punika, cacahing tiyang mindhak sangêt, lan ing sarèhning pamêdaling têtanèn wau ajêg kemawon, wêwahing têtiyang ing padhusunan inggih lajêng botên sami sagêd angsal padamêlan wontên ing ngriku. Satunggiling batih ingkang anggadhahi anak jalêr kathah, ingkang sawatawis kêdah kapurih dhatêng kitha-kitha murih pados padamêlan, sabab botên wontên tiyang satunggal-satunggala ingkang gadhah arta kangge tumbas pirantos ingkang prasaja piyambak. Ing môngka manawi botên gadhah pirantos-pirantos wau inggih botên sagêd amiwiti ngawontênakên panggaotan enggal. Tumrap sadaya tiyang, ingkang bêtah dhatêng sambutan arta kangge têtanèn, pamarentah botên sagêd suka pitulungan ingkang kanthi anyêkapi, têmtunipun inggih jalaran saking botên wontênipun arta wau.

Amila ing taun 1927 cacahing tiyang ing Ruslan ingkang botên gadhah padamêlan inggih botên kirang saking kalih yuta. Cacah samantên punika saking gunggunging têtiyang ingkang sami nyambutdamêl ing pabrik-pabrik, ingkang sadaya namung wontên tiyang 10 yuta, dados tiyang ingkang nganggur wau wontên 20% nipun saking gunggunging têtiyang sadaya wau. Amila tumrap angagêngakên kabudidayan ingkang kamanah prêlu piyambak, inggih punika anggènipun badhe nyuda dhatêng cacahing têtiyang ingkang botên sami gadhah padamêlan. Ingkang angajrih-ajrihi mênggahing samangke, inggih punika ing bab kamlarataning nagari, ingkang jalaran saking kiranging têtirahan saking wontênipun pangasilan ing sabên taunipun, lajêng botên sagêd angagêngakên budidayan. Ingkang punika cacahing tiyang nganggur ingkang sabagian agêng, ing têmbê wingkingipun inggih botên badhe suda. Manawi ningali kawontênaning ôngka-ôngka petanganipun komisi rancangan tumrap sawatawis môngsa, ing ngriku têtela, bilih taksiran wêwahing kaum bêrah ing salêbêtipun gangsal taun ingkang badhe kalampahan punika, wontên 17.7%.

Manawi indhaking cacah jiwa sabên taunipun kapetang 2.2%, inggih punika ôngka ingkang sampun katêtêpakên dening pamarentah Sopyèt, salebêtipun gangsal taun malih têtiyangipun ing ngriku sampun dados mindhak 11% tinimbang samangke, ingkang anjalari sagêd migunakakên kaum bêrah 6.7% langkung kathah tinimbang indhaking cacah jiwa. Mênggah têgêsipun: sagêd migunakakên wêwahan kaum bêrah cacahipun 650.000. Jalaran saking punika, kantunanipun têtiyang ingkang botên gadhah padamêlan, lajêng taksih kirang langkung wontên 1.600.000. Nitik kawontênanipun petang grobohan kados [kado...]

--- 529 ---

[...s] ingkang makatên wau, ing ngriki kenging kacariyosakên bilih miturut rancangan wau, sajatosipun botên adamêl sudaning cacahipun tiyang ingkang nganggur.

Dados samangke lajêng cêtha sayêktos, bilih murih sagêdipun amitulungi padamêlan dhatêng têtiyang ingkang sami nganggur wau, ingkang prêlu piyambak kêdah sagêd angancik dhatêng satunggiling tataran ing bab ekonomi. Ing tanah Sopyèt Ruslan tataraning ekonomi wua dèrèng sagêd kadumugèn, lan kawontênanipun ekonomi ingkang saklangkung mundur punika anjalari têtiyang ingkang sabagian agêng sami botên angsal padamêlan.

Jalaran saking kêkiranganing barang-barang ing saindênging nagari, kados prêlu sangêt lajêng enggal-enggal dipun kathahi mênggahing kawontênanipun kabudidayan. Ananging tumrap amêwahi kawontênaning kabudidayan wau, kêkirangan wragadipun. Ing taun 1927 ing ngrika sampun migunakakên arta 125 yuta rubêl saking angsal-angsalaning arta pajêg tumrap amêwahi kabudidayan. Cara pulitik ingkang makatên punika kenging dipun samèkakên kalihan pulitik anutupi kêkiranganing wragad ingkang nyêbal saking mêsthi kapêndhêtakên saking pamêdal limrah, ing môngka pulitik ingkang makatên punika ing tanah Indiya tansah dipun pabêni dening golongan sosialis tuwin komunis. Kajawi punika arta pon ingkang dipun ngèngèhakên sadaya sampun têlas dipun angge tumrap yayasan pabrik-pabrik enggal.

Ing taun-taun sangajêngipun, pulitik ingkang makatên wau, dipun pacak malih ing rancangan. Dados salajêngipun nuntên migunakakên arta saangsal-angsalipun kemawon, malah-malah sok andadosakên kapitunanipun para kawula. Ingkang makatên wau lajêng botên sagêd ngawontênakên pranatan-pranatan ingkang migunani tumrap umum. Langkungipun samantên wau botên sagêd mêndhêt arta saking kasing nagari. Dumugining samangke botên sagêd kasumêrêpan, punapa wontên margi sanèsipun malih tumrap angajêngakên ing bab wau, utawi malih punapa wontên patrap sanèsipun ingkang karampunganipun kenging karaosakên sawatawis dening para kawula. Ambantah ing bab punika botên sagêd, amargi lajêng nama ananggulangi dhatêng pranataning parte, ingkang makatên punika lajêng kemawon dipun anggêp: ambalela dhatêng pamarentah.

Parte lajêng anêtêpakên damêl irit-iritan langkung kathah malih, langkung-langkung tumrap para punggawa kantor, ingkang kala ing taun 1924 dipun êlong saprapatipun. Samangke lajêng amiwiti ananggulangi dayaning para amtênar kantor, ingkang angawrat-awrati sadaya tindak, jalaran sadaya lajêng langkung awis wragadipun, tuwin lajêng angalang-alangi dhatêng sadaya kamajêngan.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar sanès

Sarana nitih baita kapal Chr. Huygens, kala dintên Jumuwah enjing ingkang kapêngkêr punika, Radèn Ayu Wiranata Kusumah, garwanipun ingkang Bupati Bandhung, sampun rawuh ing Tanjungpriyuk saking anggènipun tindakan dhatêng nagari Walandi. Ing palabuhan kathah para santananipun ingkang sami mêthuk.

Wontên kabar, pangrèh pang P.S.I. Ngayogyakarta, P.N.I. sarta Budi Utama, badhe sami sêsarêngan damêl parêpatan umum, kangge nglairakên gambiraning manah prakawis luwaripun para sêtudhèn Indhonesiah ingkang sami kenging prakawis wontên ing nagari Walandi.

Kala wontên ing parêpatan warga P.S.I. ingkang kapêngkêr punika, ing ngriku kajawi ngrêmbag sanès-sanèsipun, ugi pilihan warga pangrèh enggal. Mênggah karampunganipun ingkang katêtêpakên dados pangarsa: Tuwan Dr. Sukiman, pangarsa lami Tuwan R.M. Surya Pranata, katêtêpakên dados warga pangayoman.

Aneta martosakên saking Surabaya, bilih algêmènê onpangêr ing Bangkalan (Madura) nama Tuwan Sciepia, nêlasakên arta f 121,000, têrus katahan ing kunjara.

Kala malêm Sabtu ingkang kapêngkêr, Kangjêng Pangeran Arya Adikusuma, putra dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ing Surakarta, seda, enjingipun layonipun kasarèkakên ing pasarean Imagiri, mawi pahargyan kados adat manawi wontên sedan putra dalêm, layon katitihakên sêpur mirunggan saking Surakarta dumugi sêtatsiun Tugu Ngayogyakarta, lajêng pindhah sêpur ingkang anjok Kitha Agêng.

Wontên pawartos, bilih sêtudhipon Darmawara ing Ngayogya tampi kabar saking dheparatêmèn yustisi, bilih Darmawara sagêd angsal bagean saking lotre agêng 25/1000 angsal-angsalan rêsik. Sapintên dadosipun dèrèng sagêd kêpirêng.

Ing kampung Bantarjati (Bogor) wontên maesa gadhahanipun tiyang pribumi sinêrang sêsakit ingkang anganèh-anèhi. Ing sakawit peranganing gulunipun maesa katingal abuh, salajêngipun maesa wau cangkêmipun tansah mêdal ilunipun, ing salêbêtipun kalih dintên maesanipun lajêng pêjah. Punapa sabab saking botên mangrêtosipun bilih sêsakit wau sagêd nular, punapa sabab botên purun karugian kêkathahên, maesa wau lajêng kapragad dening ingkang gadhah, prêlu [prê...]

--- 530 ---

[...lu] dagingipun badhe kasade. Tujunipun lajêng kapêndhakan dening mantri kewan, ingkang nyandèkakên niyating anyade dagingipun wau. Botên ngêmungakên ing ngriku kemawon ingkang tuwuh sêsakit maesa kados makatên wau. Makatên ing Kêdhungalang, ing ngriku sampun wontên maesa tiga ingkang pêjah. Samangke dhoktêr kewan sawêg ambudidaya murih sagêdipun nyêgah sêsakit wau sampun ngantos nular dhatêng pundi-pundi.

Dèrèng dangu punika ing Jatinom (Klathèn) wontên tilas warganing pakêmpalan durjana Sarekat Itêm nama Martapawira, kacêpêng ing pulisi. Kalanipun tiyang wau kacêpêng, piyambakipun ambêkta dêdamêl golok landhêp sangêt. Martapawira kasbut nginggil satunggiling durjana ingkang anguwatosi sangêt, kala tantaun. 1927 sampun nate katahan pèl pulisi ing Surakarta, ananging lajêng miruda.

Kala malêm Minggu ingkang kapêngkêr punika, wiwit jam 9 dalu wakiling sêrat kabar ing Indhonesiah ginêmipun kalihan wakiling sêrat kabar ing nagari Walandi, inggih punika antawisipun kantor Aneta ing WèltêpradhênWèltêprèdhên. kalihan Aneta ing Dhênhah. Ingkang dados pangiridipun tumrap ngriki Ir. J.F. van Weelderen pangagêng P.T.T. tumrap nagari Walandi Tuwan L.P. van Leeuwen pangagêng P.T.T. lan Tuwan Ir. Dr. Koomans priyantun babagan tilgram ing Dhênhah. Kajawi punika mèh sadaya wakil sêrat-sêrat kabar ing Indhonesiah lan ing nagari Walandi sami andhatêngi sadaya.

Gêmintê rad ing Mistêr Kornèlis mêntas amutusi badhe pados sambutan arta f 2.000.000- miturut undhèn ingkang cocog warga 8 ingkang botên cocog namung satunggal.

Wiwit wulan April ing taun punika, ing pamulangan patukangan tumrap lare pribumi ing Ngayogyakarta, badhe dipun wontênakên apdhèling tumrap anyinau adamêl meja kursi. Dene ingkang kenging tumut sinau ing bab punika, ngêmungakên lare ingkang sampun tamat pasinaonipun tumrap patukangan kajêng. Dene pasinaon adamêl meja kursi punika dangunipun sataun.

Aneta mirêng pawartos, bilih komandhaning prajurit dharatan ing Batawi, Kurnèl van Overeem, badhe kabantokakên dhatêng nata ing Siyêm, salaminipun sang nata wau mara tamu ing tanah Indhonesiah ngriki. Rawuhipun tamu agung wau kintên-kintên dhawah ing tanggal 18 Juli ngajêng.

Saking Surabaya kawartosakên, kala Jumuwah sontên ingkang kapêngkêr punika, ing margi sêpur Madiun - Panaraga, jalaran wontên barang ingkang malang wontên ngriku, anjalari lokomotiping sêpur kuwalik. Karugianipun kintên-kintên agêng lan lampahing sêpur kakintên badhe angsal alangan laminipun 3 dintên.

Miturut pawartos sêrat kabar Het Noorden, saking pambudidayanipun tèkênar gêwès têlêkê rad Tuwan Wiryamiharja, ing Pakalongan botên dangu malih badhe kawêdalakên sêrat kabar enggal ingkang badhe kawastanan Danurdara. Ing sakawit badhe kawêdalakên sabên sawulan kaping kalih, dene manawi katingal majêng, badhe kawêdalakên saminggu sapisan, wusananipun lajêng badhe kadadosakên sêrat kabar dintênan.

Benjing konggrès B.O. ingkang badhe dipun wontênakên ing Surakarta, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan tuwin Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, badhe maringi sumbangan têtingalan wirèng, pranasmara tuwin langêndriyan, dalah gôngsa saniyaganipun. Makatên ugi pakêmpalaning para ulah bêksa ing Surakarta, inggih badhe nyumbang têtingalan.

Pakêmpalan Wanita Utama ing Ngayogya, mêntas parêpatan tuwin dhahar kêmbul pêrlu angurmati anggèning pisê prèsidhèn Nyonyah Dhoktêr Abdulkadir pindhah saking ngriku. Amargi ingkang raka pindhah dados dhoktêr guprêmèn ing Klathèn. Ingkang ngrawuhi kathah, Tuwan van der Linden sakalihan, administratur pabrik gêndhis ing Dêmak Ijo, ingingkang. dados dhonatur, tuwin Gusti Kangjêng Ratu Dèwi pangayoman ugi sami rawuh. Radèn Ayu Gônda Atmaja anglairakên kajênging parêpatan saha dhahar kêmbul punika, wosipun angurmati dhatêng Nyonyah Abdulkadir tuwin ngaturakên panuwun ing bab anggènipun dados panuntun Wanita Utama. Nyonyah Abdulkadir inggih lajêng mangsuli saprêlunipun. Wusana lajêng dhahar, dhêdhaharanipun sarwa miraos, sami olah-olahanipun para warga piyambak, sawênèh wontên ingkang wêdalan saking huishoudschool. Wêkasan Tuwan Dhoktêr Abdulkadir amêdharakên panuwun.

Baita sabrang ing lèpèn Bagawônta, Ngayogya, kaprênah ing sambêtaning margi saking Watês dhatêng Jênar, anggènipun ngêwrat tiyang kêkathahên, nalika tiyang 17 badhe minggah ing dharatan, baita awrat sisih, wusana kêcêmplung sadaya, ingkang 7 kerut amargi lèpèn pinuju bêna.

Up bêstir Muhamadiyah gadhah sêdya badhe milih tiyang kêkalih kaangkatakên dhatêng Indhiya Inggris tuwin Egypte, prêlu badhe ngudi sêsambêtanipun kalihan pakêmpalan Islam ing ngrika.

Tiyang nama Ali, ing dhusun Sêkêlimus, Bandhung, dipun cêpêng ing pulisi, jalaran sade jimat dhatêng têtiyang kathah, ingkang dipun cariyosakên, bilih jimat wau andayani dhatêng kasugihan, anggangsarakên jêjodhoan tuwin sanès-sanèsipun.

Kawartosakên wontên 15 dhusun bawah ondêr dhistrik Pêjawaran, dhistrik Batur, Banjarnagara tuwuh sêsakit malariyah, ing 15 dhusun wau jiwanipun wontên 16.233, ing taun kêpêngkêr ingkang ngajal wontên 1328 ingkang 471 jalaran sakit pès. Salêbêtipun kalih wulan kêpêngkêr, tiyang ingkang ngajal wontên 229, botên jalaran sêsakit pès. Pangrèh praja tuwin D.v.G. anindakakên pranatan anulak sêsakit wau kêncêng sangêt.

--- 531 ---

Wêwaosan

Sêsupe Agêmipun Rajaputri ing Seba

27. Pamriksaning prakawis

Orme sumêla makatên: dhuh sang putri putraning para nata, mugi kula kaparênga ngèngêtakên dhatêng paduka gusti, bilih Sang Barung sultaning têtiyang Fung angandikakên, bilih sagêd kalampahan ingkang makatên punika, badhe nglêstantunakên gêsangipun, prêlu badhe malêsakên dewanipun Harmac, makatên ugi sang nata wau angandika, bilih tumrap têtiyang Abati namung panjênêngan piyambak ingkang badhe dipun gêsangi.

Mirêng pitêmbungan ingkang ngajrih-ajrihi makatên wau, ing salêbêting rad lajêng kamirêngan garundêlan ingkang sajak ajrih, ananging sang putri namung ngebah-ebahakên pamidhanganipun, ingkang sagêd ngebah-ebahakên rêrênggan salaka ingkang wontên pangagêmanipun.

Dhawuh wangsulanipun sang putri: kula namung nyariyosakên wêca ing kina punika, lan raosan punika dèrèng tamtu dipun lampahi. Manawi mêngsah kula pun Harmac dhawah, têtiyang Fung tamtu inggih badhe ngêtutakên. Manawi botêna makatên, sababipun punapadene têtiyang Fung amilujêngi lindhu, ingkang kaanggêp kadosdene dewa awon tuwin dipun ajrihi sangêt. Lan kala gangsal atusan taun ingkang kêpêngkêr, kalanipun wontên lindhu, ingkang mèh ngrisak kitha ingkang winados, kenging punapa têtiyang Fung wau lajêng minggat dhatêng Mur, saha lajêng sami dêdunung wontên ing tanah waradin, miturut cariyosipun badhe anjagi dewanipun.

Orme amangsuli: O, kula botên mangrêtos, saupami sadhèrèk kula jalêr ingkang samangke dipun tawan ing têtiyang Fung wontên ing ngriki, tamtunipun sagêd anêrang-nêrangakên, amargi piyambakipun punika pintêr sangêt ing bab panêmbah dhatêng brahala tuwin bôngsa-bôngsa ingkang taksih wanan.

Sang putri angandika: O, mitra kula Orme, eman sangêt dene jalaran saking lêpatipun tiyang ingkang cidra, ingkang samangke sampun kadhawahan ing ukuman, piyambakipun sampun botên wontên ing ngriki, lan bokmanawi piyambakipun botên sagêd suka katrangan dhatêng kula sadaya. Dene dêdongenganipun kados ingkang sampun kula cariyosakên wau. Jalaran saking punika, ingkang dados pangajab kula sadaya tiyang Abati, sagêda ngrisak brahalaning tiyang Fung punika, ingkang sampun anjalari pêjahipun têtiyang kathah, jalaran saking sukuning singa-singa ingkang kaanggêp kramat punika. Sang putri lajêng tumungkul nyawang Olivier saha lajêng andangu makatên: samangke kula pitakèn dhatêng panjênêngan, punapa panjênêngan karsa nindakakên damêl mitulungi dhatêng kula.

Pangeran Josua sumêla matur kanthi swara antêp: dhuh anggèr, mugi kaparênga anggalih ganjaranipun rumiyin. Kula mirêng pawartos, bilih têtiyang Buda saking tanah kilenan punika, satunggiling bôngsa ingkang rakus sangêt, kosokwangsulipun tumrap bôngsa kula sadaya, ingkang sami gêthing dhatêng arta. Têtiyang kilenan punika pêjah gêsang gagasanipun namung arta kemawon.

Quick awicantên: bandara kapitan môngga kula aturi andangu dhatêng tiyang punika, punapa têtiyang ing ngriki sami botên angrêgèni dhatêng anggadhahi siti, awit ingkang kula alami kalawingi sontên punika sanès sangêt, kala punika têka wontên tiyang Abati ingkang badhe nugêl guluning kancanipun, prakawis siti ingkang wiyaripun namung sakandhang ayam.

Kula anyambêti wicantên, amargi kula kêdah angakêni, bilih wicantênipun Pangeran Josua punika adamêl sêriking manah kula, wicantên kula makatên: o, iya, takona pisan ing dhèwèke, apa ing jaman kunane wong Yahudi ora nyolong barang rêrênggane wong Mêsir, lan apa Nabi Suleman kang dianggêp lêluhure, ora dêdagangan êmas karo nagara Ophir, lan pungkasane si pangeran kuwi wêruh, yèn bangsane dhèwèke kang dêdunung ing nagara mônca, sing akèh padha nganggêp dhuwit iku kayadene dewane.

Orme ingkang kala punika dados juru basa kula sadaya, lajêng anglairakên pitakèn-pitakênan sadaya wau dhatêng pangeran ingkang piyambakipun gêthing sangêt. Jalaran saking punika, têtiyang sawatawis ingkang wontên ing ngriku, ingkang ugi botên rêmên dhatêng pun pangeran wau, ugi gumujêng kêcêmutan. Dene rêrênggan ing pangagêmanipun sang putri ugi katingal ebah, sajakipun sang putri inggih gumujêng wontên salêbêting kudhung. Ewadene sang putri botên rêna, bilih Pangeran Josua mangsuli piyambak, amila sang putri lajêng ngandika makatên:

Dhuh para mitra kula, dene sajatosipun anggèn kula sadaya botên marduli dhatêng jêne, amargi tumrap kula sadaya botên wontên prêlunipun, kajawi namung kangge rêrênggan jalaran kula sadaya sami botên among dagang. Upami botêna makatên, anggèn kula sadaya ngaji-aji dhatêng êmas wau botên beda kados tiyang sanès-sanèsipun, [sanè...]

--- 532 ---

[...s-sanèsipun,] amila paman kula wau kêlintu, dene ingkang makatên wau dipun anggêp satunggiling bêbudèn ingkang sae, ananging bakunipun anggènipun botên rêmên dhatêng êmas punika saking kêpêksa, mila kados wicantênipun rencang panjênêngan wau lêrês, bilih kawula kula punika sangêt angrêgèni dhatêng siti, lan ingkang dados idham-idhamanipun, sagêda angsal siti ingkang kathah sangêt.

Pangeran Josua lajêng ngandika sajak ngerang-erang: punapa bôngsa Buda-buda punika botên purun dipun epahi angènipun badhe labêt wau.

Olivier amangsuli: punika botên babarpisan, pangeran, awit kula sadaya punika bangsa opsir ingkang bôndha-bandhu, manawi botên makatên tamtunipun rak inggih botên sagêd dumugi ing ngriki, prêlu angrampungi pasulayan panjênêngan kalihan satunggiling pangagêng, ingkang sanadyan bangsaning tiyang wanan, ananging miturut pamanggih kula anggadhahi bêbudèn sawatawis ingkang sae, upaminipun kemawon pangagêng wau anggadhahi kakêndêlan tuwin kaprawiran. Manawi kula sadaya wani ngêtohakên nyawa kula, lan nindakakên padamêlan ingkang kapasrahakên, tamtunipun kula sadaya inggih botên badhe isin nampèni ganjaran ingkang mêsthinipun katampèkakên dhatêng kula sadaya, prêlu punapa kula sadaya kêdah isin, jalaran kula sadaya punika sawatawis inggih bêtah dhatêng kasugihan, lan sadhèrèk kula sadaya, ing samangke kenging kawastanan pêjah, ingkang jalaran saking cidraning tiyang-tiyang ingkang kakintunakên, murih anjagi dhatêng kula sadaya, punika taksih anggadhahi kulawarga ingkang sami mlarat lan ingkang pantês dipun sukani karugian jalaran kecalan sadhèrèk wau.

Sang putri ngandika sôra: lêrês, kenging punapa têka mawi lingsêm. Mong para mitra kula aturi mirêngakên, atas nama kula tuwin namanipun tiyang Abati sadaya, kula aprajanji dhatêng panjênêngan sadaya, kula anglilani panjênêngan ambêkta êmas saking Mur ngriki sakuwawining unta, lan ing dintên punika panjênêngan kula têdahi êmasipun, samantên wau manawi panjênêngan wani ngêtutakên dhatêng panggenan pasimpênaning êmas wau.

Olivier awicantên: nyambutdamêl rumiyin, sawêg epahanipun. Dhuh sang putri, mugi kaparênga dhawuh dhatêng kula, padamêlan punapa ingkang kêdah kula lampahi.

Sang putri angandika: dhuh mitra Orme, mênggah padamêlanipun punika makatên: panjênêngan kêdah sumpah - samantên punika manawi botên narajang ing raos panjênêngan ing atasipun tiyang Kristên - bilih panjênêngan salêbêtipun sataun wiwit dintên punika, kêdah ngawula dhatêng kula, lan lajêng pêrang tumrap kaprêluan kula, makatên ugi panjênêngan kêdah miturut wèt-wèt kula. Salêbêtipun wêkdal punika, sarana dêdamêl panjênêngan saking tanah kilèn tuwin kaprigêlan panjênêngan, panjênêngan kêdah tansah ambudidaya, murih sagêd nyirnakakên Harmac. Sasampunipun kanthi ganjaran wau, panjênêngan kenging tindak sakarsa-karsa.

Sasampun anggagas sawatawis, Olivier matur makatên: manawi kula sadaya sampun sumpah, salêbêtipun kula ngawula panjênêngan punika, pangkat punapa ingkang kaparingakên dhumatêng kula sadaya.

Sang putri angandika: o, mitra kula Orme, tumrap pakaryan punika panjênêngan kula têtêpakên dados pangagênging prajurit kula, dene kônca panjênêngan ingkang kêkalih punika, sami dados karerehan panjênêngan, dene pangkat punika miturut sakarêngsakaparèng. panjênêngan piyambak.

Mirêng têtêmbungan makatên wau, para jendral ing rad ngriku, sami garundêlan sajak botên sênêng manahipun.

Atas namaning jendral-jendral wau, Pangeran Josua matur: dhuh anggèr sang putri, punapa kula sadaya kêdah miturut dhatêng têtiyang ngamônca punika.

Sang putri amangsuli: o paman, inggih sampun tamtu kemawon, mênggahing pakaryan punika kêdah têtêp kados ingkang sampun kula cariyosakên wau. Punapa panjênêngan sagêd nindakakên dhinamit, ingkang wêwadosipun namung têtiyang punika ingkang sumêrêp, lan tiyang têtiga golongan panjênêngan sadaya, punapa tahan wontên ing gapuraning Harmac tinêmpuh para prajurit Fung, saha salajêngipun angrisak gapura wau.

Sang putri kendêl sawatawis, lan sakêdhap sidhêm pramanêppramanêm. tanpa sabawa.

Sang putri lajêng nglajêngakên pangandikanipun makatên: panjênêngan botên mangsuli, amargi salugunipun pancèn botên sagêd ingkang punika bok narimah kangge sawatawis môngsa dados kalèrèhaning tiyang, ingkang anggadhah kadibyan saha panguwasa ingkang panjênêngan botên kanggenan.

Ing ngriku inggih lajêng botên wontên wangsulan malih.

Salêbêtipun sidhêm wau Orme matur makatên: dhuh sang putri, panjênêngan sampun amarêngakên ngangkat kula dados jendraling prajurit panjênêngan sadaya, ananging prajurit-prajurit wau punapa purun miturut dhatêng kula, lan pundi prajurit-prajurit panjênêngan, punapa satunggil-satunggiling tiyang Abati anggadhahi dêdamêl. (Badhe kasambêtan)

Pawartos saking Rêdhaksi

Sarèhning dintên Sêtu tanggal 7 April punika dhawah ing dintên ingkang dipun apit-apit ing dintên liburan, amila Kajawèn ingkang kalêrês mêdal ing dintên wau botên kawêdalakên. Ananging minôngka lêlintunipun, wêdaling Kajawèn ing dintên Rêbo tanggal kaping 11 April, nomêripun badhe karangkêp. Mugi andadosakên uninganipun para maos.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 30, 23 Sawal Taun Jimakir 1858, 14 April 1928, Taun III

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [557] ---

Ôngka 30, 23 Sawal, Taun Jimakir 1858, 14 April 1928, Taun III

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Sawangan angêlangut

[Grafik]

Punika gambaripun talaga ing Toba (Sumatra). Bilih botên dipun cariyosakên manawi talaga, tamtu dipun wastani sagantên. Sampun tamtu kemawon para maos lajêng sagêd anggalih mênggahing wiyaripun talaga wau.

--- 558 ---

Raos Jawi

Jamaning Tiyang

Tiyang gêsang punika wiwit tumitah wontên ing donya, nama manggèn wontên ing jaman, dene jaman wau tansah santun-santun, tumrap tiyang ingkang ginanjar umur panjang dening Pangeran, tamtu ngraosakên warni-warnining jaman, ingkang pinanggih ing salêbêting gêsang.

Bayi ingkang sawêg lair ngantos dumugining ngancik gadhah pangrêtos, kenging dipun wastani taksih manggèn wontên ing jaman sakeca. Sasolahtindakipun namung sarwa dipun êmong ing tiyang, ungêlipun ingkang pating calewo malah damêl kasênênganing tiyang ingkang sumêrêp.

[Grafik]

Watêking lare alit, limrah anggêga kajêngipun piyambak.

Sarêng sampun ngancik ngumur nêm taun, pun lare rumaos sampun manggèn ing jaman sanès, awit ing ngriku sampun angraosakên kataman ing pitutur, utawi srêngên manawi nuju anglampahi kalêpatan. Makatên ugi èngêtanipun ingkang dèrèng nate tumônja ing damêl, lajêng dipun rèh kapurih tumandang, inggih punika mêmikir kalanipun angsal wulangan saking guru. Dangu-dangu pikiranipun saya kulina, lajêng ngrumaosi manawi sampun santun manggèn wontên ing jaman sêkolahan. Lare ingkang sampun wiwit ngraosakên pangajaran, sanadyan wontên ing griya, dolanipun sampun ewah saking padatan, awit pikiranipun tansah kataman ing pamrêdi, ingkang lumintu tanpa kêndhat, nanging taksih ngangge pikiraning lare.

Sasampunipun ngancik ing klasing pamulangan ingkang nginggil, pikiraning lare ewah malih, sanadyan taksih lare, nanging sampun kêcipratan raosipun tiyang sêpuh, awit tumrap pangajaranipun ingkang dipun tampi, sampun kathah ingkang angiribi dhatêng gêgayutaning sêpuh, mila lare ingkang sampun wontên ing ngriku, kenging dipun wastani sêpuh, mila lare ingkang sampun wontên ing ngriku, kenging dipun wastani manggèn ing jaman badhe ngancik diwasa, lairipun taksih lare, namung ing batos sampun wontên dhêdhêraning

--- 559 ---

raosipun tiyang sêpuh.

Satamating saking pamulangan, mênggahing gampilanipun miturut umur, kenging dipun wastani, yèn jalêr, jaka kumala-kala, diwasanipun sampun anyêlaki, awit umur-umuraning lare samantên punika, tumrap gêsangipun, tinimbang dipun wor kalihan lare, pilih ngêmori tiyang ingkang sampun diwasa. Ing ngriku mênggahing kabatosanipun, pancèn sampun kêtuwuhan pamanahan kêpengin nyambut damêl, têgêsipun sanadyan anglajêngna sinau, pasinaonipun sampun saksat kados rêkaosing tiyang nyambut damêl, mila gampilanipun inggih dipun damêlakên upami nyambut damêl, lan kenging dipun wastani manggèn ing jaman nyambut damêl. Salêbêtipun nyambut damêl wau, tumraping pamanahanipun tansah anggagas dhatêng kadiwasanipun, têgêsipun sampun nindakakên kabingahan warni-warni.

Matênging kabingahan punika nama sampun dados tiyang diwasa, dene têtêping diwasa wau, tiyang tansah ngawontênakên pikiran, ingkang nêtêpi kodratipun, sampun gadhah niyat sumêrêp caraning jêjodhoan, tuwin sarèhning sampun kasampiran sarat-saratipun tiyang badhe amêngku semah, inggih punika anggènipun sampun nyambut damêl, mila inggih gampil kalêksananipun lajêng jêjodhoan. Sasampunipun kalampahan, nama manggèn ing jamaning salakirabi. Salêbêtipun wontên ing jaman punika, pêcahing pikiran lajêng santun angraosakên caraning tiyang mêngku bale griya, sumêrêp raosing kabêtahan ingkang kêdah mêntas saking badanipun piyambak. Gadhah wajib angrampungi ruwêt rêntênging pamanahan manawi nuju kataman ing rêribêd.

Ing ngriku tumindaking pikiranipun tansah ngêlangut botên wontên sampun-sampunipun, awit tansah angèngêti murih sakeca sèlèhing badanipun. Wusana sarêng gadhah anak, jlêg, lajêng ngrumaosi manawi sampun dados tiyang sêpuh, pamikiripun dhatêng badanipun piyambak sampun suda sapalih, kalong dipun sukakakên dhatêng anak, awit ngrumaosi manawi sapunika gêntos kasampiran ing wajib kêdah manah badhe prayoginipun kadadosaning turun, lan angèngêti manawi rumiyin inggih nate nglampahi kados makatên, dados sapunika têtêp manggèn wontên ing jaman sêpuh. Ing ngriku tiyang lajêng kêtuwuhan pamanahan angèngêt-èngêt dhatêng lêlampahanipun ingkang sampun kêpêngkêr, dipun pilah-pilah awon saenipun, ingkang sae dipun sukakakên anak, ingkang awon dipun bucal. Wontênipun makatên, dening ngraosakên, bilih anakipun namung nêdya badhe dipun damêl sae, mila lajêng kèngêtan dhatêng kasaenanipun bapa. Dados mênggahing saening bapa, sanadyan botên dipun êkèn nênulad, anak kêpêksa anglampahi, awit sapunika sampun angraosakên piyambak, saha botên kenging oncat kêdah nglampahi kados tindaking bapa, punika nama têtêp anampèni tagihan ing bab potanging bapa dhatêng anak, dene ingkang dipun êkèn nagih putunipun. Mila manawi dipun raosakên, urut-urutaning lêlampahan ingkang makatên punika sok damêl gujêng.

Saampunipun dados tiyang sêpuhing lare, ingkang nama bapa, traping pamrêdinipun dhatêng anak nama namung

--- 560 ---

tansah andhêdhêri wiji sae, awit anak punika ing sadèrèngipun diwasa, tanpa kêndhat tansah dados pikiran. Dene manawi sampun diwasa, pangrêngkuhipun lajêng santun namung kados mitra, mila ing ngriku ugi lajêng nama sampun manggèn ing jamaning kaki. Dening tumraping kaki, wontênipun namung damêl pitutur sae, kajêngipun namung adamêl sêsorah dhatêng kautamèning bêbudèn, sajak-sajakipun sampun sanès rêmbag dhatêng kawontênaning donya, awit rumaosipun tiyang ingkang sampun manggèn ing jamaning kaki, yèn upami lumampaha, sampun bablas têbih angêlangut, malah sampun anyêlaki dumugi kithaning kapatèn. Ing wusana saèstu, dumugining titimôngsa lajêng manggèn ing jaman pati, ingkang sampun botên kenging dipun cariyosakên malih.

Bab Têtuwuhan

Ngudhoni Rêmbag Bab Katès

Ing Kajawèn No. 25 wontên sêsêbutan katès grandhèl, punika manawi tiyang Jawi Wetanan limrah amastani katès gantung, awit wujuding uwohipun gumantung panjang gagangipun, inggih punika ingkang sok pinilala minôngka jêjampi cara Jawi inggih: êlung, sêkar, pêntil tuwin oyod katès gantung wau, ingkang sok migunakakêmigunakakên. punika tiyang ingkang nêmbe gadhah anak. Cariyosipun sagêd ambancarakên toya susu, lêrês anglêgakakên padharan manawi lung katès wau kangge kuluban. Ananging uwohipun ingkang matêng ragi kêkiwa awit botên patos eco raosipun tinimbang sanès-sanèsing katès. Mênggahing woh limrahipun ingkang sok awis rêginipun inggih punika katès Bali, katès Bali punika wujudipun sami kalihan katès gambêlok ugi sagêd sakêndhil, raosipun lêgi.

Kajawi punika wontên malih ingkang kawastanan katès Jêpang, katès Jêpang punika wujudipun lonjong, kulitipun pating prithut, (botên alus kados sasamining katès) lêgokaning balimbinganipun ragi lêbêt, yèn matêng warninipun jêne raosipun anglêg, sanajan taksih satêngah matêng ugi sampun araos lêgi, malah rênyah sangêt, sok tiyanga ingkang nêdha katès Jêpang ingkang satêngah matêng wau masthi rumaos botên purun kendêl, kabêkta saking kumriyaking pangênyam, pramila sami-sami katès, katès Jêpang punika kagolong adèn, namung kuciwa botên sagêd agêng, notoging agêngipun namung sapêlêm gandhik. Isinipun botên kathah, tarkadhang namung isi 1-2 utawi tanpa isi babarpisan. Sanèsipun punika wontên malih: katès krêndhil punika alit-alit sangêt, dagingipun tipis tur isinipun kathah, namung limrahing woh ambiyêt sangêt ngantos ing uwit katingal anggarembol sêsêg, sawênèh ngantos gèpèng margi kêpèpèt kancanipun. Raosipun lêgi nanging botên patos pinilala, [pini...]

--- 561 ---

[...lala,] ingkang masthi namung dados têdhaning pêksi, botên limrah katanêm, adatipun namung thukul piyambak.

Sapunika kula ngaturi pamanggih sawatawis malih kados ingkang kasêbut ing Kajawèn No. 25 lan prakawis punika kula sampun asring nindakakên, malah ngantos sapriki taksih tuwuh. Inggih punika: nyêmpèla êpang katès sasênêngipun, watawis ingkang salêngên agênging êpang lajêng katancêpna ing siti ingkang têlês watawis satêngah kaki lêbêtipun. Godhonging êpang wau ingkang sêpuh kaprithilana watawis ing têngah-têngahing gagang sampun kêmèpètên, kakantuna pupusipun kèmawon, 4 utawi 5 lêmbar, prêlunipun sampun ngantos gampil oyag. Kaangkaha sampun ngantos bosok utawi garing bonggoling pang ingkang tumancêp ing siti wau, kajagia sampun ngantos gampil oyag, inggih punika kakrobongan sawatawis minôngka panolaking angin punapa dene ayam cêcèkèr. Pratikêl makatên wau ngadat sagêd nuntên tuwuh tur langkung enggal awohipun lan botên sagêd malih.

[Grafik]

Bangsaning katès alit

Saking pamanggih kula katimbang nanêm dhêdhêran langkung prayogi ngangge rekadaya kados makatên wau, kathah-kathahipun tiyang botên ngandêl manawi pang katès punika kenging katanêm turusipun, malah kula piyambak waunipun ugi botên ngandêl manawi pang katès katanêm turusan sagêd gêsang, sarêng kula cobi piyabak, ngantos sapriki têka taksih kenging kula têdha wohipun tur botên malih raos utawi wujudipun saking asaling babon. Wasana nyumanggakakên.

Saking kula, Nirrasa Nitiatmaja. Tumpang, Malang.

Panglipur Manah

Adil Punika Wontên Sanginggiling Ratu

[Mijil]

Pantês môngka pêpèngêt ing tulis / rarasing lêlakon / kadi nguni carita labête / Prabu Karêl ping lima mandhiri / kang ambêg linuwih / panggalihanipun //

amarêngi sawijining ari / sri

--- 562 ---

narendra miyos / tindak saking Anwèrpên kuthane / maring Brusil ginrêbêg ing abdi / wahana turanggi / tindake gumrudug //

mawèh gawoking samargi-margi / kang samya nênonton / rêbut ngarsa lir atur pambage / ing sugênge narendraning nagri / janma jalu èstri / katon pipit pênuh //

praptanira sajabaning nagri / mêksa kumaroyok / para pangon aninggal wajibe / samya kèlu umulat ing gusti / kang nêmbe lumaris / kongsi gumarudug //

duk samana lampahirèng abdi / kang anggrubyug katong / ing sawênèh ana kang amire / ing wêkasan lampahirèng wajib / sêmbrana kêpati / têmah ngidak wêdhus //

punang menda tumêka ing pati / wau ta kang pangon / dahat susah rasaning atine / ing wêkasan tawan-tawan tangis / kawistara kongsi / tansah sênggruk-sênggruk ///

kathah janma kang samya ngrêrapih / bok aywa mangkono / iku apan luputira dhewe / dene sira wis wêruh sang aji / têka tan sumingkir / parikudu nrambul //

mula datan anèh kang pinanggih / yèn katêmah layon / wêdhusira kang kêpidak kuwe / wis mênênga sira aywa nangis / angisin-isini / mundhak ginaguyu //

nanging janma kang dèn pituturi / malah saya glolo / tan narima dening pangimure / nulya katon janma kang mangrêti / alon mituturi / wahyanira arum //

wus ta sira ywa cilik ing ati / lan ywa ewah-ewoh / bêcik nuli anggugata bae / mring ngarsaning kukum ingkang adil / lan aja praduli / dumèh iku ratu //

pan kalakyan milênggah prakawis / aturira alon / dhuh priyantun kula matur mangke / gugat maring abdine sang aji / dene kala wingi / menda kula lampus //

dening kidak lampahirèng wajik / pandhèrèk sang katong / apan kula tan narimahake / duk samana ature kapyarsi / dening para abdi / sajroning kadhatun //

samya tuwuh kanêpsoning ati / dene ta kalakon / ana janma amacak gugate / kang atêgês anggugat sang aji / datan pantês yêkti / wong mangkono iku //

nulya ayon samya amanggihi / mring jaksaning katong / lan amurih dèn sandèkna bae / angebrakkên gugatirèng janmi / kang tan pantês yêkti / anggugat mring ratu //

jaksa ingkang dahat wruh ing adil / ucapira alon / apan nyata yèn kula yêktine / abdinira narendra ing ngriki / kang kula pêpundhi / rintên miwah dalu //

nanging mênggah ingatasing wajib / prakawis kang gatos / yèku ing bab ngadil ing yêktine / pangadilan kang kula ngèngèri / datan pisan yèn ngabdi /Lebih satu suku kata: tan pisan yèn ngabdi. panjênêngan ratu //

duk samana ucap kang kadyèki / koningan sang katong / têmah mawèh kumênyut galihe / dening ngraos yèn salira aji / sajatine ugi / winêngku ing kukum //

marma katon karênan ing galih / duk uning mangkono / malah nuli sang nata ing mangke / lamun antuk prakawis wigati / tan kêndhat nênari / lawan mundhut rêmbug //

ing wusana kontapirèng aji / kongsi têkèng adoh / yèku ing bab têtêping adile / datan ngetang ratu lan wong cilik / lamun luput pasthi / tan prabedanipun //

--- 563 ---

Bab Kasarasan

Nyaèkakên Pakampungan.

Ing Kajawèn nomêr 22 sampun angandharakên mênggahing bab prayoginipun tatanan pakampungan, ingkang kajêngipun adamêl kasarasan. Ing bab punika kados wontên prayoginipun dipun sambêti kalihan adêging N.V. Volkshuisvesting ing pintên-pintên panggenan, kados ta ing Batawi. Kajênging N.V. Volkshuisvesting wau, badhe adamêl griya ingkang mirah sewanipun utawi dipun sade kanthi nyewa ngiras cicilan, dhatêng têtiyang wêwêngkon gêmintê, ingkang ambêtahakên griya wau.

Gêmintê ing Batawi wiwit ing taun 1912 ngawontênakên pakampungan tuwin andamêl griya ingkang sae tuwin damêl kasarasan dhatêng têtiyang siti. Salêbêtipun taun 1913-1914 sampun angêdêgakên griya 13 iji, ingkang kalih kangge wande, ing Sêntyong. Kampung enggal wau dipun namakakên kampung Tamansari, ing wêkasanipun griya wau inggih dipun wêwahi malih. Ananging têtela bilih griya wau botên dipun rêmêni ing tiyang, saking cêcariyosipun, jalaran griya wau tatanipun kirang nyênêngakên, tuwin sewanipun sabên wulan f 3 dumugi f 17,50 punika kawisên. Mila kathah griyanipun ingkang suwung, botên wontên ingkang nyewa.

[Grafik]

Griya wêwangunan enggal ing Pêtojo Ilir.

Ingkang makatên wau botên ngêndhokakên sêdyanipun gêmintê, tansah ambudidaya murih kêlampahanipun anyaèkakên padununganipun tiyang siti. Wusana lajêng ngawontênakên pranatan makatên:

Tiyang siti tuwin bôngsa Eropah ingkang pamêdalipun alit, dipun kengingakên nyewa siti kangge damêl griya wontên ing Tamansari. Arta ingkang kangge damêl griya wau sagêd nyambut dhatêng gêmintê. Kala punika ingkang dipun êdêgakên dening tiyang siti wontên griya 18, dene bôngsa Eropah wontên 6.

Wiwit wau, gêmintê botên adamêl griya sewan malih, kajawi namung nyewakakên siti kemawon, tuwin anyambuti arta kangge ngêdêgakên griya wontên ing pasitèn wau. Nanging taksih ngadani damêl griya sewan wontên ing Jatibaru tuwin mèntèng, ingkang sewanipun wiwit f 66,- dumugi f 110,- ing dalêm sawulan. Dados griya wau namung kangge nyadhiyani tiyang ingkang cêkap pamêdalipun.

--- 564 ---

Ing taun 1918 griya-griya gêmintê taman sari cacah 52 sadaya sami dipun sade ambêdhol. Rumiyin waragadipun sadaya wontên f 173.000, dene pêpajênganipun sapunika namung f 62.000, dados tuna.

Wontênipun tiyang botên rêmên manggèn wontên ing Tamansari punika, bokmanawi botên jalaran saking tatananipun, ugi jalaran saking kirang saening hawa.

Ing sapunika sintên ingkang nyatakakên dhatêng kampung Pêtojo Sawah, badhe sagêd nguningani wujuding griya-griya enggal ingkang dipun êdêgakên wontên ing pasitèn sewan. Tuwin sagêd nyumêrêpi bilih adêging griya wau sampun manut pranatan. Dangu-dangu ing kampung ngriku tamtu kêbak griya, awit kampung wau saenipun ngungkuli Tamansari.

Arta ingkang dipun sambutakên saking gêmintê punika arta saking satunggaling pon, dene adêging pon wau sakawit makatên:

Kala ing wulan Juli taun 1913 ing kampung Kwitang wontên griya kabêsmikêbêsmi. agêng-agêngan. Gêmintê lajêng nindakakên budidaya, murih têtiyang ingkang griyanipun kêbêsmi sagêda ngêdêgakên griya malih wontên ing tilas papan kabêsmèn wau. Wusana lajêng ngêdêgakên pon, ingkang dipun namakakên kramat - Kwitang pon. Pawitaning pon wau ingkang saking gêmintê wontên f 20.000, ingkang paringan saking gupêrmèn wontên f 25.000 dados gunggungipun wontên f 45.000. Arta wau lajêng dipun sambutakên dhatêng tiyang ingkang griyanipun kêbêsmi. Tuwin salajêngipun pon wau inggih kangge mitulungi dhatêng sintên kemawon, ingkang griyanipun sampun risak, tuwin kêtrajang roilin.

Ing taun 1924 dipun wontêni pon enggal malih, nama yubilium pon, dene kramat -Kwitang pon dipun tunggilakên dados satunggal kalihan pon enggal wau, gunggunging arta sadaya wontên f 81.000 langkung, ingkang f 56.000 gadhahanipun Kwitang pon, dene ingkang f 25.000 asli arta sadhiyan kangge miwaha jumênêng dalêm Sri Bagendha Kangjêng Rajaputri sampun 25 taun, nanging arta wau botên kangge, lajêng dipun tanjakakên dados yubilium pon. Dene yubilium pon wau kangge mitulungi têtiyang ing wêwêngkon gêmintê, ingkang damêl griya alit-alit, makatên ugi ambudidaya supados pakampungan ing gêmintê Batawi dados sae.

Griya-griya ing Pêtojosawah punika dipun êdêgakên sarana saking pitulunganipun yubilium pon. Ingkang ngêdêgakên griya sami nyambut arta, wontên ingkang f 700.- dumugi f 1.000.- tuwin langkung, nanging ingkang kathah f 1000.- mangandhap. Cicilanipun mayar sangêt, kabaripun pundhat salêbêtipun 5 taun, dene ingkang kangge têtanggêlan griyanipun.

Kawartosakên, ing sapunika padamêlaan yubilium pon wau badhe dipun pasrahakên dhatêng N.V. Volkshuivesting ingkang madêg ing Batawi kala ing wulan Sèptèmbêr 1926 dening gêmintê tuwin gupêrmèn. Ing sapunika N.V. Volkshuivesting wau ngêdêgakên griya sewan wontên ing Pêtojo Ilir, sewanipun wontên ingkang f 2.60, f 3.70, f 6.75 tuwin f 7.25 sadaya punika tumrap griya guthêkan, [guthêka...]

--- 565 ---

[...n,] wontên malih guthêkan agêng sewan f 18.- griya ingkang gambaripun sumandhing punika sewan f 12.- ing dalêm sawulan, dene manawi nyewa ngiras nicil f 17.50 laminipun 10 taun, sasampunipun samantên taun, lajêng dados gadhahanipun piyambak.

Arta sewan f 12.- sabên wulan punika manawi dipun pandhing kalihan sewan griya partikêlir, kapetang mirah sangêt. Griya wau mawi èmpèr ngajêng, kamar satunggal, kamar patilêman satunggal, èmpèr wingking kangge nêdha, padusan, W.C. tuwin pawon. Tumrapipun griya partikêlir ingkang kados makatên, limrahing sewanipun f 20.- lan malih griya wau sae tuwin kiyat mênggahing kajêngipun, jarambahipun, gêdhègipun lan sanès-sanèsipun.

Dene tumrapipun griya guthêkan, gadhah pawon tuwin W.C. piyambak, namung padusan ingkang dados satunggal, nanging adusipun mawi toya lèdhêng lêlahanan.

Kabaripun N.V. Volkshuivesting ugi badhe ngadani damêl griya langkung kathah wontên ing gêmintê Batawi, mêndhêt papan ingkang sae tuwin hawanipun sakeca.

Jagading Wanita

Ing Bab Gêsanging Tiyang Èstri

Ing Kajawèn kêpêngkêr ngêwrat ing bab kasusilaning èstri. Nanging ingkang pinanggih kados makatên punika namung tumrap saperangan, têgêsipun namung golongan priyantun, awit manawi dipun perang, ing satunggil-satunggiling nagari punika têtiyangipun wontên tigang golongan, inggih punika bangsaning priyantun, sudagar tuwin tani, punika ing bab gêsanging jêjodhoan inggih beda-beda. Ingkang kasêbut ing Kajawèn kapêngkêr, mratelakakên mênggahing gêsang caraning priyantun, tiyang èstri kêdah bêkti ing laki, wosipun kêdah sagêd adamêl prayogining gêsangipun ingkang jalêr, dados nama têtêp anggènipun dados tiyang sêsêpuhing abale griya, lan bilih sadaya wajibipun wau sampun sarwa nyêkapi, punika nama tiyang èstri utami.

Mirid kawontênan ingkang kados makatên punika, tiyang lajêng sagêd angintên, bilih gêsanging tiyang èstri punika rupak sangêt, awit wontênipun namung kêwêngku ing tiyang jalêr, pikiranipun tiyang èstri botên nate pêcah, uthak-uthêk inggih namung wontên ing kautamèning mêngku bale griya, dados minggahipun dumugi ing kina pisan, wulang èstri punika inggih namung tumrap èstri putraning priyantun, dumugi para luhur. Nanging sarêng ngambah ing jaman kamajêngan, wulang kina wau lajêng ewah, ewahipun wau sampun kêbêkta saking lampahing jaman, awit tumrapipun ing jaman sapunika, tiyang èstri ingkang botên sumêrêp ing sastra tuwin botên sumêrêp [su...]

--- 566 ---

[...mêrêp] ing padamêlan, lajêng dipun wastani tiyang èstri kina.

Manawi mirid kudanganipun tiyang kina, tiyang èstri punika sagêda laki kalêrêsan, dipun êmong ing tiyang jalêr, dados mênggahing kajêngipun, dèrèng wontên pangudang, ingkang anakipun èstri supados dados tiyang pintêr.

[Grafik]

Ing pundi dununging pêkên, tamtu wontên bakulipun sinjang.

Ing nginggil sampun kacariyosakên bilih namung tumrap èstri putraning para priyantun, sapunika gêntos nyariyosakên mênggahing kawontênaning para èstri sudagar.

Tumrap tiyang ingkang dèrèng sumêrêp kawontênanipun ing Jawi Têngah, tamtu maibên, bilih tiyang èstri punika inggih pintêr pados têdha, saya tumrap ing Ngayogyakarta tuwin Surakarta, punika mênggahing sudagar, tiyang ingkang nêmbe sumêrêp tamtu gumun, dene wontên tiyang èstri têka sagêd sêsadean barang dagangan, kados ta ingkang nama dagang sinjang, punika ngantos kêtingal tharik-tharik bêbanjêngan, ingkang sêsadean sami prigêl-prigêl sagêd angladosi dhatêng para mundhut, wiwit saking sakêdhik ngantos dumugi ingkang kathah pisan, tur sadaya wau botên wontên ingkang sami saking wulangan, namung saking kulina nindakakên wiwit alit. Malah mênggahing ingar-ingêring lampah dagang ing ngênggèn ngriku, tiyang jalêr rumaos kawon, awit rêmbagipun kawon sagêd, kawon prigêl, tuwin mrantasi. Mila botên anèh mênggah loking ngakathah, amastani bilih ing Jawi Têngah punika ingkang pados têdha tiyang èstri, tiyang jalêr kantun ngeca-eca. Punika sayêktosipun botên makatên, inggih sami nyambut damêl sêsarêngan, wontênipun dipun wastani makatên punika, botên manawi namung saking nyumêrêpi sadlèrèngan, kados ta wontênipun sudagar [su...]

--- 567 ---

[...dagar] èstri wau.

Mirid kawontênanipun wau, têrang bilih kawontênaning tiyang èstri golonganing sudagar punika botên kalêbêt ing piwulang kina, tur ing jaman kina pisan, sudagar punika inggih sampun wontên.

Kala ing jaman salawenan taun kêpêngkêr, gêsanging sudagar punika botên sagêd amor kalihan golonganing priyantun, ngantos kêtingal sangêt bilih golongan kêkalih punika sajak botên gathuk, awit mênggahing priyantun anganggêp, sudagar punika golongan sangandhaping priyantun, dalah tiyang ingkang badhe bêbesanan kemawon tamtu mawi naliti dhatêng kawontênan wau. Kosokwangsulipun tumrap sudagar, sanadyan dede priyantun, nanging rumaos dados tiyang sugih, anggènipun dipun bedakakên, dipun manah sanès punapa-punapa. Dangu-dangu raos makatên wau saya suda, malah dumuginipun ing jaman kamajêngan lajêng ical babar pisan, tumrap pasrawunganipun sampun sagêd nunggil.

Ing sapunika mangsuli mênggah cara gêsanging èstri bôngsa sudagar, punika manawi dipun taliti kêgolong taksih ajêg, awit sadaya tiyang èstri sampun sami kêdhasaran manah among dagang, dados sanadyan ombyaking kamajêngan mênggahing pangajaran ugi tumut, nanging botên kêtingal, awit dhêdhasaring pangupajiwa among dagang botên ewah. Dados indhaking kasagêdan inggih malah tumônja dados indhaking kasampurnaning pakaryanipun lami.

Kajawi among dagang kados makatên, tiyang èstri ing Surakarta ugi kathah sangêt ingkang manggaota gadhe, malah limrahipun dipun wastani panggaotanipun tiyang èstri. Kêtingalipun namung kados nyambut damêl sambèn wontên ing griya, nanging sajatosipun manggaota yêktos, malah tumrap ingkang agêng tur kathah, sagêd anggadhe barang ingkang ngantos pangaos ewon-ewon rupiyah.

Wontên malih tiyang èstri ingkang dagang mas intên, punika ugi pintêr sangêt mênggahing ubad-ubêding dêdagangan bab punika.

Dados ing sayêktosipun, tumrap tiyang èstri bôngsa Jawi, manawi dipun laras sayêktos, mênggahing kamajênganipun pangupajiwa, kenging dipun wastani sampun jèjèr kemawon kalihan sacaraning pangupajiwanipun tiyang jalêr. Punika sagêd naksèni piyambak mirid sumêbaring para bakul ing pundi-pundi, mila mênggahing èstri sudagar botên kenging dipun wastani rupak jajahanipun.

Kawruh Warni-warni

Pèrês ing Indhiya Ginêman kalihan Pèrês ing Nagari Walandi

Kala malêm Minggu tanggal 1 wulan punika, kenging dipun wastani satunggiling dintên ingkang wigatos, ingkang pantês dipun pèngêti tumrap ing babading tilpun radhio, awit ing dalu wau pinanggih ing sêsambêtan [sêsambê...]

--- 568 ---

[...tan] ingkang karaos rakêt sangêt ing ngatasing pèrês Indhiya kalihan pèrês ing nagari Walandi. Tiyang wicantên saking Indhiya dhatêng nagari Walandi, namung kados tiyang tilpun saking Wèltêprèdhên dhatêng Surabaya.

Kalampahanipun wau, pantês sangêt bilih pèrês biro Aneta dipun èngêti, ing bab anggènipun nindakakên sakathahing ihtiyar saha anggènipun sagêd nata satunggaling pakaryan, ngantos kalampahan golongan yurnalis ing Indiya sagêd rêrêmbagan kalihan tiyang ingkang nunggil padamêlanipun, ingkang kêlêt-kêlêtan sagantên angêlangut, inggih punika ing nagari Walandi. Rêrêmbaganing pèrês lantaran radhio, ingkang dipun wontênakên ing dintên kasêbut ing nginggil, kajawi dipun dhatêngi ing para jurnalis Eropah, wêwakiling Bale Pustaka ugi dhatêng, punapa malih para jurnalis pribumi.

Tiyang botên badhe sagêd maoni malih, mênggah ing bab sêsambêtanipun radhio Indhiya kalihan nagari Walandi wau, tuwin wigatos sangêt tumrap sawarnining golongan pasrawungan gêsang ing tanah Indhiya ngriki. Punapa malih tumrapipun pèrês, tilpun radhio, tuwin sapanunggilanipun, ingkang kasêmbadan saking pangudinipun insinyur Walandi, badhe langkung maedahi ing pigunanipun. Mila sawarnining pawartos saking nagari Walandi, ingkang botên sagêd dumugi sarana katindakakên ing tilgram, sagêd dumugi ing jagading among dagang ing Indhiya, makatên ugi dhatêng parêpatan kawula, jagading pribumi, tuwin bôngsa Eropah sarana tilpun radhio.

Botên namung maedahi ing bab kathahing pakabaran ingkang dumugi ing ngriki kados ing sapunika, nanging ugi paedah, dene dhatênging pawartos wau langkung têrang. Awit satêrang-têranganipun tilgram, ukaranipun inggih kadamêl cêkak-cêkak, ngantos sagêd nuwuhakên kirang plongipun ingkang maos.

Ingkang punika, pantês pinuji ing bab ihtiyaripun para pangagêng pakaryan pos, telêgram tuwin tilpun ing Indhiya tuwin nagari Walandi, awit suka palilah amiwiti dhatêng pèrês awicantênan sarana ngangge tilpun radhio saking Indhiya dhatêng nagari Walandi. Pamanggihipun para pangagêng pos wau botên lêpat, awit sadaya pawartos ingkang dipun tampèni lantaran tilpun radhio, badhe dipun giyarakên langkung sumêbar dening pèrês wau dhatêng tiyang kathah. Ingkang makatên punika ugi andadosakên jalaran malih, ing bab anggènipun dhirèktur Aneta tuwin para pangagêng pos ing dintên malêm Minggu punika dipun aosi ing tiyang, awit rekadaya tuwin padamêlanipun wau sae lan wajib dipun alêmbana.

Ing bab rêmbagipun pèrês lantaran radhio wau, kenging dipun wastani sae wohipun, sapintên eram tuwin agênging manahipun ngakathah, nalika Dhenhah amangsuli sasampunipun dipun uwuh sawatawis rambahan kemawon, tuwin lajêng rêmbagan namung kados nilpun cêlak-cêlakan.

Aneta amranata, jurnalis Indhiya sami dipun lilani wicantên gêgêntosan kalihan jurnalis nagari Walandi, manut urut-urutanipun ing ngriki kalihan ngrika.

Sawênehing tiyang ing nagari Walandi ingkang sampun dipun wanuhi tiyang ing ngriki, inggih lajêng dipun èngêti [è...]

--- 569 ---

[...ngêti] mênggahing suwaranipun kanthi têtela. Makatên ugi gujêngipun têtiyang ing nagari Walandi, ugi kêmirêngan saking mriki, dalah thak-thiking jam salêbêting kamar pawincantênan ing nagari Walandi wau ugi kêmirêngan cêtha sangêt saking mriki, namung kados sumandhing kemawon, môngka mênggahing prênahipun, têbih sangêt saking ngriki, wontên pintên-pintên ewu mil, nyabrang sagantên tuwin anglangkungi praja pintên-pintên, anglangkah parêdèn tuwin jurang-jurang.

Saking nagari Walandi, Tuwan Wijngaarden inggih punika jurnalising sêrat kabar Vaderland, nêdha wicantên kalihan Tuwan Parada Harahap up redhaktur Bintang Timur, nanging tuwan wau kêpambêng botên sagêd dhatêng ing ngriku, dipun wakili ing Tuwan Manoppo redhakturing sêrat kabar Bintang Timur. Tuwan Manoppo lajêng rêrêmbagan kalihan Tuwan Wijngaarden. Dados Tuwan Manoppo punika sawênèhing jurnalis pribumi, ingkang wiwitan angraosakên rêrêmbagan kalihan tiyang golonganipun ing nagari Walandi sarana tilpun radhio.

Ing sapunika sampun botên badhe kasamaran malih, inggih rekadaya enggal punika ingkang dados sarana panyambêting Indhiya kalihan nagari Walandi, sarta sagêd adamêl sakalih-kalihipun tansah nyumêrêpi lan sami aji-ingajènan tuwin sêsambêtanipun wau badhe sagêd anunggilakên Indhiya tuwin nagari Walandi sêsarêngan amanggih arja lan katêntrêman.

[Grafik]

Barang-barang kagunan wanita miturut wulangan kilenan, wujudipun sarwa èdi pèni. Sadaya punika dêdamêlanipun para wanita muridipun Radèn Ayu Abdurrahman, garwaning ingkang Bupati ing Mestêr Kornèlis.

--- 570 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Bab Sintên ingkang Wajib Sinêmbah.

Candhakipun Kajawèn ôngka 29.

Petruk : Kang Garèng, mungguh kandhamu wong wajib nyêmbah nyang wong tuwa lanang wadon utawa manèh nyang gurune, kuwi aku wis cocog, saiki priye sababe dene wong wajib nyêmbah karo maratuwa.

Garèng : Dene anane maratuwa wajib sinêmbah, kuwi sabab dadi jalaran bisane duwe jodho, kang dadi rewanging uripe, rewange lara-lapa, rewange gêndhon rukon, lan cêkake dadi sisihaning awake, yakuwi bojo.

[Grafik]

Petruk : Mêngko sik, Rèng, sing kokandhakake bojo dadi rewanging uripe, rewanging lara-lapa lan sabanjure, kuwi rak dhong kabênêran bae, sabab aku dhewe wis tau nglakoni, dhèk biyèn bojoku kajaba bokne Si Kamprèt isih ana têlu manèh, la kuwi papat-papate ora kok dadi rewangku urip, malah dadi mungsuhku urip. Dumèh aku ora tau awèh blônja, uripku banjur kapiran-kapirun. Bojo sing nomêr siji ngira yèn aku wis diolah-olahake bojo sing nomêr loro, sing nomêr loro ngira yèn panganku wis dirêksa karo sing nomêr têlu, mêngkono sabanjure, saking jèngkèlku sing têlu banjur tak talak lima babar pisan, mung tak ngèngèhake bokne Kamprèt.

Garèng : Lha kuwi arane rak wayuh kêndhil, mrene nuthul mrana nothol, apa mèmpêr, ana duwe bojo kathik ora diwènèhi blônja. Apa dikon padha mangan angin kabèh. Dumèh agamane ngidini bojo papat, banjur andadak ropyan-ropyan ningkah papat pisan. Lan manèh kowe rak kudu ngèlingi, bênêr agama ora nglarangi wong rabi papat, ananging rak prasasat dilarangi, amarga wong sing kêna wayuh kuwi rak wong sing kuwasa, têgêse wong sing bisa nglêksanani kuwajibane, cêkakane sing bisa anyukupi bojone kabèh mau.

Petruk : Nèk mêngkono aku kiyi dadi kliru tômpa, tak arani wayuh papat kuwi jênêng nêtêpi prentahing agama, ora ngrêti yèn ana èmbèl-èmbèlane kang ngrêkasa.

Garèng : Kuwi wis dadi jamak lumrahing manusa, sing ditiru mung sing kapenak bae, sing ayake rêkasa kuwi ora dipikir babar pisan. Wis, wis, tak banjurne mungguh anane bêbojoan. Bojo kuwi yèn wis jênêng jodho, sabênêre

--- 571 ---

wis dadi saawak. Yèn ala ya katut ala, yèn bêcik ya katut bêcik. Mula bêbojoan kuwi yèn wis jênêng jodho, bênêre ngungkuli sanak sadulur. Mulane apa iya ora wis dadi bênêre maratuwa, jalaran saka anggone awèh jodho sing ngungkuli sanak sadulure dhewe mau, kudu disêmbah-sêmbah, cêkake diajèni.

Petruk : Lho, kuwi aku iya mupakat, samono kuwi yèn lanang wadon sajajar bae, têgêse padha asale. La nèk upamane aku kiyi dadi dara wadana, ing môngka banjur mundhut garwa anake Si Pawira Mêthit, apa aku iya kudu nyêmbah utawa ngajèni marang maratungkakku mau.

Garèng : Mêsthine iya mangkono, sanajan bojomu mau anake wong cilik, ing sarèhning kowe wis dhêmên, wis jodho, cêkake wis dadi saawak karo kowe, dadi iya wis dadi wajibmu kowe angajèni marang wong tuwa sing nganakake bojomu mau. Kowe mêsthine rak iya eling karo Sang Prabu Krêsna ing Dwarawati. Sawijining nata binathara. Dene garwane yaiku Dèwi Jêmbawati, mung putraning pandhita, tur pandhita kêthèk, ewadene Sang Nata Dwarawati anggone ngajèni maratuwane iya kanthi mêsthine. Rak iya mangkono, dadi têtêp aran utama, ora ambedakake turun luhur utawa asal cilik, ing sarèhning wis jênêng dadi wong tuwane, iya wajib diajèni. Mara pikirên bae lêlakone Radèn Narasoma, apa ora nistha arane, gêlêm ngêpèk anak wadon, ananging mèhmoh. ngaku mênyang sing duwe anak, amarga isin dumèh maratuwane mau awujud buta.

Petruk : Kuwi kabèh mau iya bênêr, ananging ingatase aku dadi dara wadana, têka kudu ngajèni mênyang wong adol sukêt, dumèh dhèwèke dadi maratuwaku, apa kuwi ora bakal ngudhunake kaluhuranaku.

Garèng : Lho, bab prakara kaloroding kaluhuranmu kuwi ora kok sabab maratuwamu, yakuwi saka awakmu dhewe, amarga sanadyan kowe kuwi wis kalêbu bôngsa luhur, nanging yèn anggonmu mrênahake awakmu ora bênêr, têgêse banjur mung daknang, daksura, dhiri, angkuh lan sapiturute, ya malah gampang bangêt dadine asor, sirmu arêp luhur, jêbul kuwalik. Mula têrang bangêt maratuwane mau ora mèlu barang-barang, mung gumantung ana awake dhewe.

Petruk : Sanajan wangsulanamu kiyi ora pati srêg bangêt, ewadene arêp tak lèrèni samene bae. Minôngka pungkasaning pitakonku, awèha wêruh bae aku, sababe apa dene ratu kuwi wajib disêmbah.

Garèng : Mulane ratu utawa bandara, utawa lurah utawa sèp, wajib sinêmbah, jalaran dadi lantaran wêtuning sandhang pangane, kang angêsihi, kang nuntuni mêruhake pagawean lan kuwajibane, trêkadhang yèn kabênêran, iya kang anjunjung darajate, cêkake bisa awèh kamuktèn lan kaluhuran.

Petruk : Wiyah, calathumu sapisan kiyi rada kaladukên bangêt, iya yèn sèp kaya kang kok gambar mau, kuwi aku iya rujuk nganggo bangêt, upama diaji-aji lan disêmbaha, balik sèp sing mung arêp gawe susahe punggawane, prêlune mung arêp [a...]

--- 572 ---

[...rêp] ngunggahake drajate dhewe, la kuwe kapriye.

Garèng : Yah, kowe mono ana bae sing kok gawe wangsulan, mula ya sok ana sèp sing mangkono kuwi, ananging sèp sing utama lan rêsik rak iya ora mangkono. Mulane banjur ana unèn-unèn mangkene: luwih bêcik balônja sathithik, ananging sèpe bêcik, amarga atine ayêm, tinimbang blônja gêdhe ananging sèpe kêpala angin, awit anggone nyambut gawe prasasat kaya ana ing pucuking êri bae.

Cariyos Wigatos

Kawontênanipun Sophyèt Ruslan ingkang Sajati

Candhakipun Kajawèn ôngka 28

XV.

Pêthikan saking sêrat kabar A.I.D.

Panutuping karangan

Tuwan Baars amêmuji, mugi-mugi sadaya ingkang sampun kacariyosakên ing ngajêng, sagêda suka pêpadhang dhatêng pêpêtêng winados ingkang anutupi kawontênanipun Republik Sopyèt. Kadosdene cahya ingkang sumorot katrangan-katranganipun Tuwan Baars wau, sakêdhap suka sumêrêp mênggah kawontênaning panggêsangan ngrika-ngriki, ananging botên kenging anêtêpakên sakêdhik-kêdhika, bilih punika sampun nama cêkap, sanadyan ta namung sabagian ingkang kaanggêp makatên wau, ewadene inggih mêksa botên. Ananging Tuwan Baars botên nyariyosakên bab-bab wau, ingkang salugunipun prêlu sangêt tumrap propagandhaning para komunis, kadosdene ingkang katindakakên wontên ing tanah Indiya punika. Lan Tuwan Baars badhe ambuktèkakên bilih mênggahing bab wau Ruslan botên ngatingalakên punapa-punapa ingkang enggal, botên angrampungi pitakenan sanès-sanès, tuwin botên angsal punapa-punapa kemawon, ingkang dening kapitalisme botên langkung rumiyin saha malih langkung sampurna kacêpêngipun. Ingkang makatên wau botên ngêmungakên ingkang kacariyosakên kemawon. Ananging tumraping samubarang damêl.

Salêbêtipun tiyang Rus sadaya wau ing nagarinipun sampun sami ngalami piyambak, tuwin malih sampun sami sumêrêp sayêktos, bilih tumrap pananggulanging kasangsaran umum ing samangke punika, ngêmungakên wontên akalan satunggal inggih punika anyaèkakên kawontênaning pangasil, dhatêng jawi nagari Sopyèt taksih lêstantun kadosdene nagari ingkang sayêktos anêngsêmakên, lan tansah anênangi dhatêng têtiyang mlarat murih sagêdipun bêntèr manahipun dhatêng para kapitalis. Ing ngriku ingkang dados jalaranipun, botên sabab anggadhahi wêlas dhatêng para ingkang mlarat tuwin para ingkang dipun tindhês, amargi ing Mosko tiyang sampun nyumêrêpi kanthi yêktosan, ganjaraning têtiyang ingkang sami dipun tindhês wau botên sanès inggih lajêng sami pêjah kalirên. Mênggah ingkang dados alêsanipun, punika mula cêtha sayêktos wujudipun, inggih punika murih sagêda angsal kônca tuwin mitra ing nagari-nagari mônca, prêlunipun sagêd angiyatakên adêgipun piyambak ingkang sampun botên kiyat punika.

Para komunis tuwin para nasionalis Indhiya, ingkang lajêng sami purun kantun dening Komintern, punika lajêng sami dados agènipun praja Ruslan lan têtiyang wau lajêng sami kabayar, botên beda kalihan nagari-nagari ingkang badhe dhasar kapitalisme ambalônja dhatêng pambantunipun. Têtiyang wau sami dipun balônja tuwin dipun bantu, salaminipun praja Ruslan wau bêtah dhatêng pitulunganipun, ingkang makatên punika botên wontên langkungipun samênit kemawon.

Ing bab punika para komunis Tiyonghwa sami sagêd anêksèni, ingkang mèh sataun laminipun anampi printah murih nyambutdamêl sêsarêngan kalihan jendral-jendral ingkang sami ambêbujêng tuwin amêjahi dhatêng têtiyang wau, amargi pamarintah Rus anggadhahi pangajêng-ajêng, kalihan jendral-jendral wau sagêda mêngsah Inggris tumrap amigatosakên kaprêluaning kabangsanipun piyambak. Sarêng Borodin kapêksa kêdah nilar nagari Tiyongkok ingkang sisih kidul saha têtela, bilih petanganipun ing Mosko lêpat, sawêg tuwuh panggêmbor anggènipun mêjahi para mitranipun Tiyonghwa ingkang sami kêndêl-kêndêl, [kê...]

--- 573 ---

[...ndêl-kêndêl,] ananging sajatosipun amargi pamarentah Mosko kêduwung anggènipun botên sagêd kalêkasanan pangajêng-ajêngipun mênggahing nyambutdamêl sêsarêngan kalihan jendral-jendral wau. Ingkang makatên wau ugi sampun kalampahan wontên ing Itali, ing ngrika Mosko kenging dipun wastani kèndêl anggènipun damêl propangandhah amêngsah fascisme saha para komunis lajêng dipun lêmparakakên kemawon, amargi ajrih, manawi damêl pitunaning sêsrawunganipun kalihan Mussolini, ingkang makatên punika saklangkung wigatos tumrap praja Ruslan, amila dipun jagi sangêt sampun ngantos dados pasulayan, namung jalaran kumêdah-kêdah ngawratakên dhatêng têtiyang Itali ingkang tunggil golongan. Para nasionalis tuwin para komunis ingkang sami kèlut dhatêng cêcariyosan-cêcariyosan ingkang sae-sae mênggahing Mosko, punika sami anyamèni bangsanipun dhatêng Ruslan, ing salêbêting pasulayan kalihan Inggris.

Kenging punapa pamarentah Indhiya botên mêthik uwohipun cara-caraning Sopyèt ingkang pamarentah piyambak tamtunipun sampun anguningani, tuwin kadospundi kawontênanipun ing tanah Ruslan, inggih punika: lajêng sagêd amrentah satunggiling bôngsa, lan lêstantun badhe dipun sênêngi ing ngakathah, manawi kajagi supados uwosipun kenging dipun rakêti. Mênggah patrapipun, pamarentah kêdah namung aparing margi dhatêng para sagêd saha para ingkang kêras manahipun sagêda anggayuh dhatêng kamajêngan, prêlunipun supados kadumugen punapa ingkang dados angên-angênanipun mênggah ing bab anyaèni kawontênan-kawontênan tuwin anggènipun badhe ngajêngakên bangsanipun. (Badhe kasambêtan)

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Kawisudha dados patih ing Bandhung, Radèn Karta Adimaja, sapunika wadana pulisi ing Bandhung.

Kawartosakên, bilih ing Surakarta tuwuh sêsakit pès wudun (beulenpest).

Kangjêng Sultan ing Kote sampun rawuh ing Batawi saha lajêng bidhal dhatêng nagari Walandi nitih kapal Patria, wontênipun ing nagari Walandi badhe 6 wulan. Ingkang dados juru kanthining tindakipun kangjêng sultan wau asistèn residhèn ing Samarindha, saha badhe sowan Sri Bagendha Kangjêng Rajaputri. Sadumugining Marsèlê badhe nitih sêpur dumugi nagari Walandi.

Dipun wartosakên, bilih ingkang Bupati Brêbês, prakawisipun botên kaajêngakên ing pangadilan, namung badhe katindakakên miturut pranatan, administratiph, têgêsipun badhe kakèndêlan saking anggènipun jumênêng bupati.

Dèrèng dangu ing wana kabudidayan Kahan Sumatra, wontên gajah jalêr èstri dalah blêdugipun satunggal, kacêpêng ing têtiyang. Gajahipun jalêr èstri pêjah kasanjata, blêdugipun kenging kacêpêng gêsang, dipun tumbas ing Tuwan Ko Pek Kia ing Padhang f 200.- nanging lajêng dipun gêntosi ing Tuwan Tan Lom Tjo ing Tanjungkarang f 350.- blêdug wau lajêng dipun bêkta dhatêng Tanjungkarang dipun tumpakakên prahoto.

Wontên wartos, bab badhe adêging ewah-ewahan paprentahan tanah Jawi Wetan dados propènsi, botên wontên ing wulan Juli, nanging wontên ing wulan Oktobêr taun punika.

Wontên golongan komunis ingkang kaangkatakên saking pakunjaran ing Glodhog dhatêng Dhigul, gungungipun sadaya dalah anak bojo wontên 60.

Benjing tumapakipun wulan Mèi ngajêng punika, sambêt kalihan ewah-ewahan lampahing sêpur S.S. ugi badhe dipun wontênakên sêpur èlèstris saking Manggarai dhatêng Pasar Minggu, lampahipun badhe kèndêl ing sabên halte, tuwin ing dalêm sadintên badhe dipun wontêni pitung lampahan, ananging botên ajêg. Botên dangu badhe wêwah lokomotiph èlèstrik kalih.

Kados ingkang sampun kawartosakên, pamarentah badhe macak satunggiling amtênar inlansêsakên, wontên ing Sumatra, punika ingkang kapiji panjênênganipun Dr. L. de Vries, manggèn ing Pordhêkok.

Ing kampung Kalicanjur, Sêmarang, mêntas wontên sawênehipun tiyang Bugis dipun pêjahi ing têtiyang kampung sarana dipun kroyok, awit tiyang Bugis wau kêrêp damêl rirêbitipun tiyang ing ngriku, saya tumrap têtiyang èstri, wusana lajêng dipun tandangi ing têtiyang 28, tiyang Bugis wau gêgêripun rêmêk, bathuk malêsêk. Dene têtiyang 28 lajêng pasrah badan piyambak dhatêntg pulisi.

Ing sawênèhipun dalu, ondêr komisaris pulisi Tuwan van Sommeren ing Batawi, dipun biyantu ing pulisi opsinêr van Gelder sagêd nyêpêng candu pêtêng wontên ing Tanjungpriyuk. Panyêpêngipun wau ing wanci jam 2 dalu. Panindaking pulisi wau kanthi lampah dhêdhêmitan nyêgat lampahing para sêmokêl ingkang minggah dhatêng daratan. [darata...]

--- 574 ---

[...n.] Wusana lêlampahan pulisi sagêd ambêskup candu pêtêng wawrat 2267 tail, rêgi f 68.010 nanging tiyangipun ingkang ambêkta sagêd lumajêng. Sapriki dèrèng kacêpêng.

Ing Kotaraja mêntas kêraos wontên lindhu, nanging botên sapintêna.

Kala tanggal 11 wulan punika, jalaran saking agênging toya lèpèn, krêtêg Malang sêtum tram antawisipun dhampit kalihan talok, kerut ing toya. Margi wau kintên-kintên botên kenging dipun langkunginglangkungi. ngantos sawulan.

Jalaran saking wontênipun rêrêsah ing tanah Papuwah kala tanggal kaping 19 April, ing sapunika ing papan wau dipun kintuni pulisi mawa sanjata saking Ngambon.

Sawênèhing tiyang pranteyan ingkang sawêg dipun luwari kanthi sêsarênganipun kônca 7, saha kapurih sami nyipêng ing kantor pulisi, angrêbat pêdhanging pulisi kadamêl soroh amuk, anêmpuh kancanipun piyambak, anêmahi tiwas 3, ingkang tatu sangêt 1. Pulisi lajêng nyanjata ngantos kaping 36, naning ingkang ngèngingi namung 6, dene salajêngipun, tiyang wau ambruk sarana dipun gêbag ing pêdhang dening up agèn.

Kawakilakên dados pangarsa landrad ing Tanjung Bale, Mr. Radèn Wiryana Kusuma, sapunika amtênar tèrbêskiking ing landrad Purwakêrta.

Wontên kabar, ing Bandhung botên watawis dangu malih badhe dipun wêdalakên sêrat dintênan Tiyonghwa Mlayu, kintên-kintên ing têngah-têngahing wulan punika badhe mêdal prup nomêripun.

Mangke dalu malêm Minggu, pakêmpalan tonil Sundha: Sêkar Lumayan, badhe adamêl tongtonan wontên sakolahan Arjuna ing Mistêr Kornèlis, saha badhe mêndhêt lampahan satunggiling cariyos ingkang sampun kalampahan wontên ing Ciyanjur kala ing taun 1858.

Wontên pawartos, bilih sabagian saking wadyabala lautan ing Indhonesiah badhe pangkat dhatêng Batawi, sasampunipun ngawontênakên ajar pêrangan agêng, dhatêngipun wadyabala lautan wontên ing Batawi wau, prêlu badhe dhèrèk ngurmati rawuhipun nata ing Siyêm. Ing Tanjungpriyuk badhe dipun wontênakên èrêwah saking wadyabala dharatan tuwin lautan, rawuhipun Sang Nata ing Siyêm wau badhe dipun aturi pambagi wilujêng dening Ingkang Wicaksana Kangjêng Tuwan Guprênur Jendral, para lid rad Indiya tuwin para dhirekturing dhepartêmèn-dhepartêmèn. Laminipun kalih dintên, sang nata dados tamunipun nagari, sasampunipun sang nata badhe anjajah ing saindênging tanah Jawi kanthi anylamur.

Sêrat kabar Het Noorden martosakên, bilih tilas Patih ing Têgal, Radèn Sumadirja, atas prentahipun paduka tuwan asistèn residhèn J.C. Brink kacêpêng ing pulisi, jalaran kalêpatan anggènipun anyalingkuhakên arta kala kawan taun ingkang kapêngkêr. Jalaran saking kathahing buktinipun, ingkang punika tuwan asistèn residhèn kasbut nginggil wani dhawuh nindakakên makatên wau.

Wontên kabar ing Cêgêr Jagawana wontên tiyang èstri pribumi sampun anglairakên bayi ingkang anèh, agênging sirahipun botên morwat, badanipun alit nyêbal saking ukuranipun. Sirahipun wau êmpuk sangêt saha angèl dipun bolak-balikakên. Dumugining samangke lare wau katingal sêgêr, kenging kaajêng-ajêng sagêdipun gêsang. Sampun limrah ing dhusun punika manawi wontên bayi ingkang anèh: lajêng kemawon bayi wau sok dipun anggêp satunggiling bayi kramat, saha lajêng kathah kemawon têtiyang dhusun ingkang sami dhatêng prêlu nêdha brêkah. Sanadyan tiyang sêpuhipun rumaos botên sênêng manahipun, dene anggadhahi anak ingkang makatên sipatipun, ewasamantên wontên panglipuripun, jalaran saking angsaling arta kathah saking têtiyang dhusun wau.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar motor grobag prêlu kangge ngêmot oto ing tanah Amerikah.

--- 575 ---

Wêwaosan

Sêsupe Agêmipun Rajaputri ing Seba

29. Pamriksaning prakawis

Kajawi punika, panyuwun kula, manawi kula sadaya kadhawahan ukuman, jalaran nêrak salah satunggiling wêwalêr, ingkang ngadili mugi ngêmungna panjênêngan piyambak, dene manawi panjênêngan karsa nampi prajanjian-prajanjian kula sadaya, kula sadaya inggih badhe sami anglampahi sumpah wau, dene manawi botên karsa, kula sadaya inggih botên badhe sumpah punapa-punapa, lan kula sadaya inggih badhe nindakakên kadospundi têmbenipun.

Ing samangke kula sadaya lajêng kapurih sumingkir sakêdhap, dene sang putri lajêng rêmbagan kalihan para lid-lidipun rad, anggènipun rêrêmbagan wau ragi sawatawis dangu, amargi bokmanawi salah satunggalipun wontên ingkang botên cocog ing pamanggih mênggahing kawontênanipun prajanjian-prajanjian punika, ananging dangu-dangu têtiyang ingkang nocogi kalihan sang putri, lajêng mênang pabênipun kalihan tiyang ingkang botên nocogi wau, salajêngipun kula sadaya dipun kabari, bilih prajanjian-prajanjian kula dipun tampi, saha dipun sambêtakên ing sumpah, tuwin sadaya ingkang kalêbêt ing sumpah wau, badhe dipun èngêti sayêkos, dening nata wanita tuwin lid-liding rad bôngsa Abati sadaya.

Salajêngipun kula sadaya lajêng nôndha-tangani, saha sumpah sarana ngambung buku, ingkang pantêsipun namung dipun wastani gulungan dalancang, kados padatanipun ing ngriku. Sasampunipun kula sadaya, ingkang kala punika sayah sangêt, jalaran mathênthêng migatosakên, lajêng dipun irit dhatêng kamar-kamar kula sadaya prêlu sami nêdha, amargi tiyang Abati punika nêdhanipun ingkang prêlu piyambak ing wanci siyang, sasampunipun miturut adat Wetanan, lajêng tilêm sawatawis.

Kintên-kintên jam sakawan, anggèn kula tilêm kagèt, jalaran saking pambaungipun Pharaoh, lan kula lajêng sumêrêp tiyang jalêr ngadêg mèpèt wontên ing kori, bokmanawi kemawon jalaran ajrih dhatêng sagawon punika, wusana têtela bilih tiyang wau utusanipun sang putri, dipun utus nimbali kula sadaya, kadhawuhan andhèrèkakên sang putri dhatêng ing panggenan ingkang kula sadaya dèrèng nate sumêrêp. Sampun tamtu kemawon kula sadaya inggih anyagahi, botên watawis dangu kula kairid dhatêng kamar wingking salêbêting karaton, ingkang sampun botên nate dipun ênggèni saha ambalêdug. Ing ngriku sang putri ngêntosi kula sadaya kakanthi putri têtiga, saha kadhèrèkakên ing tiyang jalêr sawatawis, ingkang sami ambêkta dilah murub, wadhah lisah tuwin obor.

Sang putri ingkang kala punika botên angagêm kudhung, saha sajakipun sampun dhangan saking anggènipun sêkêl kala enjingipun, angandika makatên: Dhuh para mitra kula, panjênêngan sadaya tamtunipun sampun nguningani panggenan ing Aprikah tuwin sanès-sanès nagari, ingkang nganèh-anèhi, ananging ing ngriki kula badhe nêdahakên dhatêng panjênêngan sadaya, ingkang nglangkungi anèhipun barang-barang sanèsipun sadaya wau.

Kula sadaya lajêng andhèrèkakên sang putri, saha lajêng dumugi ing kori pungkasaning kamar wau, ingkang dipun bikak saha dipun tutupakên malih dening tiyang jalêr pandhèrèkipun sang putri. Kula sadaya lajêng lumêbêt ingkang panjang, ing sela ingkang dipun gronggongi, lampah ingkang wau mlêngkung mangandhap. Saha lajêng mêdal malih wontên ing kori, ingkang anjog ing papan ingkang wiyar sangêt. Papan ingkang kados makatên punika kula dèrèng nate mirêng utawi dèrèng nate sumêrêp. Mênggah agênging kamar sangandhaping siti wau, ngantos soroting dilah botên sagêd madhangi plangitan, lan kiwa têngênipun katingal namung garis lamat-lamat, sajakipun griya-griya sela ingkang pating slêbar.

Sang putri ngobat-abitakên dilah ing asta kalihan ngandika: Môngga mriksanana kitha Mur ing sangandhaping siti, ngriki punika karatonipun lêluhuring tiyang Fung ingkang widados.winados. Punika tembok-temboking kamar pasimpênan gandum, candhi-candhinipun saha kamar-kamar parêpatan, ananging kadosdene ingkang sampun kula cariyosakên, pintên-pintên taun ingkang kapêngkêr, karisak ing lindhu, saha lajêng namung lêstantun kados makatên punika. Makatên ugi sampun kathah palêngkunganipun ingkang ambruk. Ingkang punika wontên panggenan sawatawis, ingkang nguwatosi kangge lumampah, môngga kula têdahi sisa-sisanipun.

Kula sadaya lajêng andhèrèkakên sang putri dhatêng nglêbêt, nglêbêtipun panggenan ingkang nganèh-anèhi punika. Ing ngriku dilah saha obor-obor kêtingal pating krêlip, kadosdene lintang wontên ing pêtêng ingkang andhêdhêt. Kula sadaya sami sumêrêp patilasaning kamar-kamar wadhah gandum ingkang kêbak balêdug, ingkang bokmanawi balêdug wau rumiyinipun gandum. Dangu-dangu kula sadaya lajêng dumugi ing griya agêng sangêt tanpa payon, ing alun-alun sangajênging griya wau kathah pilar-pilaripun ingkang sampun sami ambruk, dene antawisipun pilar-pilar wau kathah rêca-rêcanipun ingkang sampun [sampu...]

--- 576 ---

[...n] gumlethak. Sadaya wau sami kêbak balêdug kandêl sangêt ingkang anjalari kula sadaya kanthi kangelan sangêt ambedakakên wujuding rêca-rêca wau.

Salêbêtipun Orme murugi sang putri ingkang ngawe ing piyambakipun, prêlu nêdahi punapa-punapa, piyambakipun angangluh makatên: O, bokya Higgs kuwi ana kene.

Sarêng kula sadaya sampun sami mêdal saking candhi, ingkang kula sadaya botên sagêd lumampah kanthi sakeca, sang putri lajêng ngirid kula sadaya dhatêng tuk toya ingkang wiyar, ingkang angoncori dhatêng saindênging papan ngriku sadaya, lan wêdaling toya wontên ing kulah agêng salêbêting sela. Saking ngriku toya wau lajêng mêdal ing bolongan warni-warni, ingkang botên kasumêrêpan anjogipun.

Sang putri kanthi anudingi dhatêng pinggiring kulah, ingkang wontên tapak-tapakipun lêbêt, bokmanawi jalaran saking kathahing tangan ingkang dipun pêtêlakên ing ngriku pintên-pintên atus taun, kalihan ngandika makatên: Môngga priksanana, pancuran punika sampun kina sangêt.

Orme apitakèn: Kadospundi sagêdipun tiyang amadhangi papan ingkang wiyar punika.

Sang putri amangsuli: Bab punika kula sadaya botên sumêrêp. Kintên kula manawi namung dilah-dilah kemawon tamtu botên anyêkapi, punika sayêktos nama wadosing jaman kina, dumuginipun sapunika botên wontên tiyang Abati ingkang sagêd ambikak wadosipun wau, makatên ugi botên sagêd ambadhe mênggah sababipun, dene ing papan ing salêbêting rêdi ingkang lêbêt sangêt makatên, hawanipun têka sêgêr ajêgan, kula sadaya botên nyumêrêpi, punika punapa saking pandamêling alam, punapa pandamêling manungsa.

Kula amangsuli: Kintên kula inggih kalih pisan, ananging sang putri mugi kaparênga paring dhawuh dhatêng kula, punapa têtiyang Abati migunakakên papan bolong ingkang jêmbar sangêt punika.

Sang putri amangsuli: Kalanipun môngsa pêrang, ing ngriki ugi kangge ngrimat gandum sawatawis. Salajêngipun sang putri anglajêngakên pangandikanipun sajak susah, makatên: ananging botên anyêkapi, ingkang kathah kêdah kadhatêngakên saking darbèkipun putri putraning para nata. Kula angrêrapih dhatêng tiyang-tiyang supados purun naun saking angsal-angsalaning panènipun, nanging tanpa damêl, têtiyang wau sami botên purun, rêmbagipun sadaya inggih purun, manawi tangganipun inggih sami purun, dados inggih botên kêlampahan. Ewasamantên ugi sagêd kêlampahan sami wilujêng saking pêjah kalirên, saking gandum ingkang namung sakêdhik, kados ta upaminipun têtiyang Fung ngrêbat siti lêdhok punika. Salajêngipun sang putri ujug-ujug lajêng ambalik, saha nêdahakên dhatêng kula sadaya, gêdhogan-gêdhogan ingkang kangge ngandhangakên kapal-kapal ing jaman rumiyin, saha ing jobin ngriku taksih kêtingal tapaking kreta.

Quick wicantên dhatêng kula makatên: Bandara, tiyang Abati punika sajakipun satunggiling bôngsa ingkang andêmênakakên, saupami botêna sumêdya anglabuhi tiyang èstri saha lare-lare, punapadene sang putri punika, ingkang saya dangu kula sasaya. sumungkêm, kula kok anggadhahi pangajap, murih ing ngriki punika wontêna bêbaya kaluwèn sakêdhik.

Sang putri ngandika: taksih wontên malih ingkang kêdah kula têdahakên dhatêng panjênêngan sadaya, amargi ing ngriku papan pasimpênaning bôndha-bôndha, ingkang badhe dados kagungan panjênêngan sadaya, môngga pangkat.

Kula sadaya lajêng nglangkungi gang pintên-pintên, ingkang pungkasanipun ujug-ujug dados wiyar ngantos dumugi ing sunglon ingkang mayat ing salêbêting curi. Kula sadaya inggih lajêng lumêbêt ing ngriku ngantos jêdhul ing tembok sela ingkang inggil sangêt. Sang putri lajêng andhawuhakên dhatêng para kênya tuwin pandhèrèkipun kadhawuhan angêntosi. Dhawuhipun sang putri wau sajak katampi kanthi sênênging manah, sanadyan kula sadaya kala punika botên mangrêtos sabab-sababipun. Sasampunipun sang putri lajêng tindak dhatêng tembok sisihipun saha anudingi sela-sela sawatawis ingkang sami uwal dipun têdahakên dhatêng kula sadaya, makatên ugi dhawuh dhatêng kula supados nguwalakên sela-sela wau sadaya, saha lajêng kalampahan kanthi rêkaos sangêt. Sasampunipun wontên bolongan ingkang cêkap kangge ambrobos tiyang, sang putri lajêng nolèh dhatêng para pandhèrèkipun saha ngandika makatên: aku sumurup, yèn kowe kabèh iku duwe pangira, manawa ing kene akèh mêmêdine, lan sing kêndêl-kêndêl dhewe kancamu kabèh kuwi, wanine lumêbu kene mung saka parentahing dhuwur, ananging wong-wong mônca iki lan aku dhewe, ora anduwèni wêdi kaya kowe kabèh mau, mulane aku kabèh wèhana wadhah lênga karo obor sawatara, lan ngêntènana ana kene nganti sabaliku kabèh. Sajroning bolongan tembok kene dèlèhana diyan, supaya bisa madhangi aku kabèh, manawa diyanku padha mati. Ora usah kowe kôndha apa-apa, lakonana bae apa parentahku. Ing kana ora ana bêbaya apa-apa, amarga sanadyan ing jêro ana panas, nanging hawane rêsik. Aku wis kêrêp bangêt nyêrot ambêkan.

Sasampunipun sang putri lajêng nyêpêng tanganipun Olivier Orme saha kanthi pitulunganipun Orme, sang putri lajêng ambaludhus ing bolongan wau. Kula sadaya lajêng andhèrèkakên tindakipun sang putri, saha dumugi papan wiyar ingkang anggêrong, ingkang kados pangandikanipun sang putri langkung bêntèr tinimbang ing jawi.

Orme lajêng nyuwun priksa lirih, amargi katingalipun wontên ing ngriku sajak adamêl girising manahipun, makatên: samangke sadaya punika wontên ing pundi. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 31, 27 Sawal, Taun Jimakir 1858, 18 April 1928, Taun III

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [577] ---

Ôngka 31, 27 Sawal, Taun Jimakir 1858, 18 April 1928, Taun III

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Pasisir ing sagantên Indhiya

[Grafik]

Punika sawangan pasisir ing Bêsuki, Jawi Wetan, sungloning sagantên katingal kados rinangkul ing tanganipun tanah Jawi.

--- 578 ---

Raos Jawi

Dhawuhing para Sêpuh

Para sêpuh sok ngandika: wong cilaka iku suwe mijêt wohing ranti, ingkang makatên wau sampun kathah nyatanipun. Sapunika sintên ingkang sagêd nyumêrêpi badhe dhumawahing kacilakan, bokmanawi wontêna inggih awis-awis sangêt, paribasan: sakêthi siji durung masthi, têrangipun: ing salêbêting tiyang sakêthi kathahipun wontêna ingkang sagêd anyumêrêpi badhe dhumawahing apês namung satunggal tur dèrèng kantênan. Kosokwangsulipun tumrap badhe dhumawahing kabêgjan inggih makatên ugi.

Ewasamantên mirid saking cacriyosan ing jaman kina kalêbêt kathah ugi para sêpuh utawi para pandhita ingkang sami ulah budi, panggalihanipun padhang anrawang upami kados kèkêr Prasman. Mêndhêt saking cacriyosan nalika jaman purwa ingatasipun sami-sami titahing jawata ing ngarcapada ingkang kalêbêt anrus ing budi, kawaskithan wau dumunung ing Mahaprabu Padmanaba inggih Sri Bathara Krêsna, mênggah kadibyanipun ing bab kaalusan prasasat dewa mangejawantah, punapa malih bab ulahing praja, malah kaloka dados dhalanging brata Pandhawa.

Ing rèhning kita ing jaman sapunika ingatasipun kawruh kasêbut nginggil punika kalêbêt kirang plong sangêt, kabêkta kiranging lampah dhasar tumrap jamanipun kawastanan kirang mathuk, mila sasagêd-sagêd kita namung kêdah anglampahi manah jujur, èngêt, lurus ing budi, kasabaran, anêbihakên angkara murka, punapadene sagunging tindak kanthi pangatos-atos, botên kêndhat angirih-irih sagêda ambirat sakathahing rancana tinêbihan sawarnining kacilakan.

Awit wontênipun tiyang cilaka punika margi saking supe, wontên malih ingkang margi angkaramurkaning manah. Supe saha kamurkaning manah wau tarkadhang sok sagêd anuwuhakên kacilakan tuwin pêpêjah, pramila amêngku kosokwangsul: sintên ingkang emut, jujur, lurus ing budi, sabar tuwin têbih kamurkanipun, punika nama sampun ngambah ing margi ingkang anjog dhatêng kawilujêngan, saha ing ngriku botên sagêd ngawontênakên kacilakan tuwin pêpêjah wau.

Dene manawi kita sampun anglampahi margining kawilujêngan wau, nanging mêksa mak jêgêdhêg manggih rêncana, punika sampun nama pasthi (takdir), tur botên kenging ngrêsula, jêr kita namung sadêrmi anglampahi, sapunika kita namung kantun nêksèni ing ngriku dhawahipun kacilakan. Pramila kabasakakên kacilakan punika langkung dangu mijêt woh ranti kados ing ngajêng wau, awit labêt kita botên padhang ingatasipun kawruh bab punika kadosdene para pandhita ingkang kawahya ing nginggil, sagêdipun anyumêrêpi manawi kita dhawah ing kacilakan utawi kabêgjan yèn sampun linampahan (kasandhang).

Sapunika bab kabêgjan ugi makatên, marginipun nunggil margi ingkang anjog dhatêng kawilujêngan wau, [wa...]

--- 579 ---

[...u,] nanging kawilujêngan punika ngungkuli kabêgjan, nyatanipun manawi kita manggih kabêgjan, môngka tansah botên wilujêng punika inggih nama botên sakeca. Dados wosipun kita namung kêdah lumampah ing margining kawilujêngan, dene toging ngêndon anjog dhatêng bêgja utawi cilaka wau kita namung kantun nêksèni kemawon. Sami kemawon kalihan tiyang nindakakên lêrês.

Nyuwun ngapuntên: Nirrasa Nitiatmaja. Tumpang, Malang.

Jagading Wanita

Gêsanging Tiyang Èstri Golongan Tani

Sami-sami caraning jêjodhoan, mênggahing golongan tani punika prasaja sangêt, katingalipun ngantos namung kados kêmpaling sadhèrèk. Ingkang kados makatên punika anandhakakên bilih anggèning jêjodhoan wau saking ngangge tataning gêsang sasami-sami, tumandangipun ing damêl sami sêsarêngan, ngantos mèh nyilêpakên dhatêng caraning jêjodhoan, katranganipun makatên:

[Grafik]

Katêntrêmaning tiyang jêjodhoan, sanadyan salêbêtipun nyambut damêl, raosipun kados taksih kêmpal sapangajêngan.

Manawi nuju wancinipun anggarap sabin, ingkang jalêr tumandang ing damêl, umun-umun sampun anggaru luku wontên ing sabin, dene ingkang èstri inggih botên kêndhat ambiyantu rêrigên murih kêcêkaping [kê...]

--- 580 ---

[...cêkaping] kabêtahanipun wau, wosipun punapa ingkang kenging dipun tindakakên ing tiyang èstri, inggih dipun tandangi, kados ta ngobètakên kabêtahan ingkang kangge ing salêbêting môngsa madamêl. Saya sarêng sampun wiwit môngsa tanêm, tiyang èstri lajêng wiwit tumindak ing damêl wontên ing sabin, yèn dipun raosna, ing wêkdal wau tiyang jalêr kados amasrahakên sabin ingkang dipun garap dhatêng ingkang èstri, supados dipun upakaraa ngantos awarni têtanêman.

Wiwit wau tiyang èstri lajêng tumandang ing damêl, nanêmi pantun, ingkang sampun dipun sadhiyani wiji dening ingkang jalêr, sawatawis dintên malih lajêng matun, makatên ing salajêngipun ngantos dumugi sêpuhing pantun. Dene ingkang jalêr namung kantun ngapèn-apèni ing padamêlan sawatawis, kados ta nambal galêngan manawi wontên ingkang risak, trêkadhang ing galêngan wau sok dipun tanêmi kacang gloyor, kenginga kangge cagak tuwaking kabêtahan ing sadèrèngipun môngsa panèn. Anyambangi ing wanci dalu, punapadene mirantosi papan pajagèn, inggih punika gubug, pirantos kangge anjagi katêntrêman ing wanci dalu, tuwin kangge pangauban manawi anjagi pêksi ing wanci siyang, manawi dalu ingkang anjagi ingkang jalêr, manawi siyang ingkang èstri, trêkadhang namung lare-lare.

Mênggahing tiyang èstri bôngsa tani, pangrêksanipun dhatêng kawilujênganing têtanêman pantun, botên beda kados rumêksa kawilujênganipun lare, manawi wontên sabab-sabab ingkang andadosakên kirang prayogining tanêman, ngantos dipun rencangi prihatos, lajêng nuwuhakên piandêl ing bab panulaking bêbaya asarana wilujêngan.

Sadumugining môngsa panèn, karukunanipun anggènipun jêjodhoan tiyang tani saya kêtingal, tiyang kalih sami dhatêng sabin, badhe mêthuk konduripun Dèwi Sri, inggih punika panèn. Ingkang èstri ingkang andêrêpakên, ingkang jalêr ingkang amocongi, mangke mantukipun sêsarêngan, èstri anggendhong, jalêr mikul, lampahipun dipun garubyug ing tiyang kathah, sadaya sami katingal sêmu bingah ing manah.

Sabibaring panèn, tiyang èstri tansah mintir amêmanah murih kacêkaping bêtahipun, sagêda dumugi ngantos kêsundhul wanci panèn malih.

Tatacaranipun tiyang tani makatên punika, botên namung tumrap tiyang tani ingkang kuli kemawon, sanadyan ingkang sugih pisan, kawontênanipun ugi kados makatên. Dados agêng alit cak-cakanipun sami kemawon, karukunaning jêjodhoan tansah katingal.

Wontênipun anggèning jêjodhoan kados makatên punika, kintên-kintên saking jalaran, tiyang tani punika namung mungkul nindakakên wajib ingkang tansah lumintu, botên kêgodha ing sabab-sabab ingkang badhe damêl kapitunan, manggènipun wontên ing papan ingkang sêpi, têbih ing papan kaborosan. Makatên malih pancèn sampun wiwit lare sampun dipun kulinakakên sumêrêp dhatêng padamêlan kados makatên, manawi jalêr nelad bapa, manawi èstri nelad biyung, wusana saking tumanêming pakulinan wau lajêng manjing dados kasênêngan, lajêng dados tiyang mungkul dhatêng padamêlan.

--- 581 ---

Mênggahing tiyang èstri bojoning tiyang tani, punika tumrap panyêpênging kabêtahan bale griya, racakipun sami gêmi-gêmi, wêdaling kabêtahan kaangkah cêkapa saprêlunipun kemawon, têtêp tindakipun surti angati-ati, rêmên anyênyimpên barang ingkang angèl risakipun, rêmên simpên barang têtêdhan, ingkang prêlunipun kangge sadhiyan samôngsa wontên prêlu sawanci-wanci, saking nglumuhi rumaos manggon wontên padhusunan, manawi wontên tamu sampun ngantos grobyagan.

Dados mênggahing nyatanipun, cara jêjodhoanipun tiyang tani punika kenging dipun wastani gêsanging batih ingkang gêsang sêsarêngan, rumagangipun ing damêl dipun lampahi tiyang kalih, mila botên anèh manawi sêmpulur linulutan ing rijêki.

Karangan Kêbacut

Ing Kajawèn nomêr lêbaran, wontên karanganipun ingkang nyênyôndra tiyang mangangge ing dintên bakda riyadi, tur karanganipun sajak botên tumônja babarpisan. Cobi ta, kula aturi maos malih ingkang mungêl makatên: Kaberaganipun tiyang manawi nuju bakda riyadi. Môngka panyandranipun wau mung prêlu ngerang-erang thok, botên kok nyôndra salugunipun. Bokmanawi ingkang ngarang punika tiyang ingkang nêmbe sumêrap kitha, upami tiyang kitha, utawi asring dhatêng kitha, têmtu botên badhe gadhah gagasan ingkang makatên. Awit pangangge-pangangge ing dintên riyadi punika botên wontên bedanipun, tinimbang pangangge-pangangge ing wêkdal plêsiran, kolêman, kêkesahan têbih, sangsaya yèn kitha, ing panggenan kumidhi, kêbon raja, tuwin sanès-sanèsipun. Dados têrang sangêt, bilih wosing karangan wau, namung prêlu badhe ngerang-erang ingkang tanpa damêl. Cobi sami kula aturi manggalih, wiwitaning karangan makatên:

Berag ing bakda puwasa, wus kaprah amaratani, datan mawi milih janma, sadaya ngakên taruni, nadyan wus ragi klingsir, ing cipta maksih kumêncur, berag têka dadakan, tan ketang nglimang sukoni, parikudu ingaran brêgas priyôngga. E lah kojur ane, o bokmanawi wontên salah satunggiling kônca utawi têtôngga panjênêngan ingkang makatên. Lo nanging panjênêngan kok nyêbutakên: datan mawi milih janma, sadaya ngakên taruni, hara ta, kaspundi mas. Hêm, kojur sampeyan niku mas, yèn pinuju dintên riyadi punika sadaya tiyang Islam sami têtêp manahipun, ingkang nèm inggih rumaos nèm, makatên ugi ingkang sêpuh, tandhanipun sami prêlu silaturahmi, ingkang nèm sowan dhatêng ingkang sêpuh, ingkang sêpuh lajêng mangsuli, makatên salajêngipun. Dene gagasanipun tiyang sêpuh sami nyôndra anakipun, punika pancèn inggih lêrês. Nanging panjênêngan nyôndra priyantun ingkang dipun gambar, mawi nyêbut makatên :

--- 582 ---

Datan supe kacamata, wus coban wêton apotik, tur sanyatane ugi, maksih cêtha mripatipun, mung sajak reka-reka, ngucap wuhswus. tan wruwruh. ing sapi, lo punika omong kosong mas. Tôndha têrang bilih panjênêngan punika tiyang gunung, menang-menung, kawuningana, bilih kacamata punika warni-warni, wontên ingkang kangge pirantos plêsiran, pirantos maos tuwin nyêrat, pirantos manawi nuju bêntèr (sanès bêntèring latu tuwin wedang) lan sapanunggilanipun, lan malihipun ingkang sami ngangge kacamata punika botên wontên ingkang sami salingkuh kados obrol panjênêngan, ngakên lamur utawi picêk. Sêbab wontên kacanipun piyambak ingkang mêlulu kangge pirantos mripat sakit. Manawi tiyang kitha, inggih lajêng mangrêtos piyambak, pèndhèkipun, yèn pinuju riyadi punika, bokmanawi kemawon saindênging bôngsa Islam sami kemawon, botên wontên ingkang nganèh-anèhi, mila panjênêngan sampun gumampil, ngarang-ngarang ingkang tanpa waton, awit sêrat kabar punika botên kok namung dipun waos sakbroyot panjênêngan kemawon. Utawi malih yèn inggiha, Kajawèn karsa nampi karangan awur-awuran, rak inggiinggih. mayar kemawon, sok tiyanga sagêd dados redhakturipun.

Pun Êmbah, ing Sêbaung.

Kêtingalipun êmbah ragi kirang rêna ing galih. O, mugi sampun kêlintu sêrêp, karangan bab kaberagan wau rak namung dumunung dados lucon, botên nyêmoni dhatêng sintên-sintên. Awit saupami wontên tiyang ngrumaosi kêgarap, punika nama ngrumaosi ingkang botên lêrês, tuwin yèn muring-muringa, punika sasat ngakên piyambak ane.

Red.

Pawartos saking Administrasi

Kaparênga migatosakên.

Ngaturi uninga, para lêngganan ingkang dèrèng nêtêpi kuwajibanipun pambayar rêgining Kajawèn ing salêbêtipun wulan punika, lajêng botên kakintunan Kajawèn malih.

Administrasi.

[Grafik]

Wohing pamanggih ingkang dipun pitongtonakên wontên ing gêdhong Olympia ing Londhên, inggih punika tumpakan ingkang kenging kangge ngambah dharatan, toya tuwin gêgana.

--- 583 ---

Kawontênaning Tanah dalah Têtiyangipun

Tiyang Papuah Punika Sanadyan Taksih Prasaja, Nanging Inggih Sampun Gadhah Raos Dhatêng Sêngsêm

Tiyang ingkang taksih dipun wastani wanan, punika têbih sangêt sumêrêpipun dhatêng tatacara ingkang dipun angge kados kêlimrahaning akathah, nyandhang ngangge taksih anggêga kajêngipun piyambak, cara pasrawunganipun gêsang inggih taksih ngangge caranipun piyambak. Mila bilih kawontênanipun punika kasumêrêpan ing tiyang, ingkang sampun manggèn ing kalimrahan, lajêng dipun wastani anèh, lan tumrap tiyang ingkang anganggêp dhatêng kirang prayogining tiyang wanan wau lajêng mêmulang, murih tiyang wau purun nulad dhatêng tatacara ingkang kêlimrah.

Kados ta kawontênanipun tiyang Papuah ing pulo Nigeniah sisih kilèn, punika nalika dèrèng srawungan kalihan tiyang kathah, kawontênanipun sarwa prasaja sangêt. Bab anggènipun gêgriya namung manggèn wontên ing sudhung, waton kenging kangge ngaub, dene ingkang mawi cara damêl griya, pandamêlipun inggih tanpa wangun. Ingkang kathah griya agêng satunggal dipun ênggèni ing tiyang kathah, ing ngriku tamtu wontên sêsêpuhipun. Dados kawontênan ingkang kados makatên punika, kenging kangge titikan, bilih tiyang Papuah punika inggih sampun gadhah manah purun dipun sêpuhi ing tiyang. Sanadyan kawontênanipun ing ngriku botên wontên titikipun, bilih sêsêpuh wau gadhah panguwaos punapa-punapa, nanging kêtingal manawi dipun eringi.

[Grafik]

Sêngsêming kabrêgasan punika anocogi kalihan manahipun piyambak.

Bab ingkang dipun têdha, wontên ingkang namung saking pados kemawon, upaminipun sagu, punika padosipun gampil, awit ing papan ngriku

--- 584 ---

pancèn kathah thêthukulanipun, wontên ingkang sarana nanêm, inggih punika nanêm bangsaning pala kêpêndhêm, nanging pananêmipun botên pisan-pisan kêtingal anggatosakên, namung waton nanêm kemawon.

Bab nyandhang ngangge, tumrap ingkang taksih wanan dêlês, namung cawêtan kalikaning kajêng utawi ombyong-ombyong gêgodhongan. Nanging tumrap ingkang sampun pakulinan kalihan tiyang mônca, lajêng sami nulad dhatêng panganggenipun tiyang mônca wau, nanging mêksa botên tilar tatacaranipun piyambak, dados kêtingal bilih caking panganggenipun punika dèrèng srêg kados saraosing manah, namung satiru-tiru. Wontênipun makatên punika, bokmanawi namung jalaran saking botên kulina, awit panganggenipun piyambak punika namung sarwa ènthèng, tuwin badan ingkang salaminipun namung dipun liga punika manawi kêsasaban punapa-punapa tamtu araos sumuk.

Sêsorah ing nginggil nyariyosakên, bilih tiyang Papuah punika inggih gadhah sêngsêm. Dene nyatanipun pancèn makatên, kados ta manawi nuju wontên ing griya, punika sami rêmên sambèn rêngêng-rêngêng, sampun tamtu kemawon rêngêng-rêngêngipun prasaja sangêt, namung ing sêmu kêtingal, bilih anggènipun rêngêng-rêngêng wau kanthi dipun êmatakên, kêtitik saking polatanipun sajak sumèh araos bingah.

Makatên malih manawi nuju padhang rêmbulan, jalêr èstri anèm sêpuh, sami akêkadhar wontên ing jawi, kêtingal anggènipun ngêmatakên dhatêng sêngsêm raosing pêpadhang ing wanci dalu, sambènipun sami jêjogedèn,jêjogedan,.

ngêtingalakên kaprigêlanipun, sanadyan nyatanipun namung pating krêmbyah, nanging tumrap ingkang nglampahi rumaos manggih sêngsêm ingkang kêkêtogan, makatên ugi tumrap ingkang nyawang, manahipun inggih rumaos amanggih sêngsêm wontên ing jaman pakêmpalan. Mila salêbêtipun môngsa makatên punika, ulatipun têtiyang ing pakêmpalan ngriku kêtingal sumèh-sumèh.

Wontên malih ing bab sêngsêmipun tiyang pêpacangan, jalêr èstri sami lêlintonan pawèwèh, punika tumrap ingkang kanggenan, sanadyan nyatanipun namung sapele, nanging sami ngraos bilih asimpên barang ingkang ajinipun prasasat anyamèni ajining jiwanipun, sakêdhap-sakêdhap tansah dipun liling. Makatên ugi manawi nuju anglairakên kabingahan, kados ta manawi nuju wontên pangantèn, kaberaganipun titangyangtêtiyang. wau katingal sangêt, sami amangangge sarwa ingkang adamêl asri ing sawangan, inggih punika cundhuk wuluning pêksi tuwin mangangge sanès-sanèsipun ingkang dipun raras sagêd adamêl sêngsêm.

Mênggah kajêngipun karangan punika namung nyariyosakên, bilih sêngsêm punika ugi dumunung wontên ing sabên tiyang, ukuranipun sami kemawon. Dados mênggahing sêngsêm, sanadyan tumrap ing sanès mastani botên, nanging tumrap ingkang kêdunungan tamtu rinaos ngantos kandhas ing manah, nama sampun pandumipun piyambak-piyambak.

--- 585 ---

Panggulawênthah

Lare Bibar Sapihan

Lare ingkang sampun umur 15 wulan, sampun mangsanipun kasapih, dados sampun mantun nêsêp, mila tiyang sêpuh kêdah ngrêksa têdhanipun, kêdah ingkang prasaja, sampun dipun sukani têtêdhan ingkang angèl ajuripun saha ingkang anggajih sarta ombèn-èmbènombèn-ombèn. sanèsipun toya, makatên ugi sampun ngantos nyarêngi panêdhanipun tiyang sêpuh, sabab manawi sumêrêp têtêdhan warni-warni, lajêng tuwuh kapenginipun, punapa malih yèn sampun ngraosakên, mêsthi lajêng mrèntèk-mrèntèk nêdha têtêdhan ingkang pancèn dede mêsthinipun, punika badhe anjalari kirang sêgêring badan.

[Grafik]

Gêsang ing jagading lare.

Wowohan punika prayogi sangêt tumrap lare, nanging tiyang sêpuh sampun ngantos weya, nyukani wowohan ingkang sagêd anjalari sêsakit, sabab lare punika wiwit lair dumugi umur 3 taun badanipun taksih ringkih, manawi ngantos katrajang ing sakit pilêg, watuk, bêntèr, utawi sakit wêtêng sarta racêkên, punika manawi nyarêngi apêsipun, asring botên ngukup, sêsakit gabag punika ugi ambêbayani, punapa malih sarap utawi sawan: mèh kenging katamtokakên tiwasipun.

Mênggah sarap utawi sawan punika tuwuhipun saking kêtumusan sêsakiting tiyang sêpuh, mila tiyang ingkang gadhah sêsakit punika asring botên waris anak-anak, srananipun dede japamôntra, ugêr purun jêjampi ingkang sagêd ngrêsikakên rah kemawon: sagêd wilujêng.

YanYèn. lare sampun sagêd wiwit lumampah sampun sok dipun tetah, kêdah kasrantosakên lumampah piyambak. Sabab lare botên badhe sagêd lumampah yèn dèrèng dumugining môngsa. Sampun bingah-bingah [bingah...]

--- 586 ---

[...-bingah]

dumèh anakipun sagêd makatên, èngêta rêkaosipun lare, jèr dipun tetah punika tumrap lare kalêbêt patamêlanpadamêlan. awrat.

Lare kêdah kakulinakakên tangi tilêm gregah lajêng têrus mêdal saking patilêman, adus utawi raup saha dandos sapantêsipun, supados sampun ngantos dados tiyang kêsèd, wiwit alit kêdah kaparsudi srêgêp, saha kêndêl tumrap pandamêl lêrês, mila sampun sok dipun ajrih-ajrihi, utawi dipun dongèngi ingkang mokal-mokal, mindhak dados tiyang jirih utawi gugon tuhon, dene manawi kapinujon rèwèl, kaimur-imura kanthi têmbung manis manuhara, tiyang sêpuh kêdah sabar, sampun dipun srêngêni ngangge têmbung kasar.

Sutarja, G. d. Têmanggung. Wêlèri.

--- 587 ---

Waosan Lare

Kodhok Têtêlu

[Gambuh]

Lumrah ananing makluk / ing batine tansah kudu gambuh / sanadyan ta amung bangsaning parêcil / ciptane kudu kumluhur / lumuh diarani asor //

wênèh ing dina nuju / môngsa rêndhêng udan tansah têrus / angarêcèh swarane banyu kang mili / nganti kêrungu gumrujug / ngêlêbi saênggon-ênggon //

ing blumbang kêmplung-kêmplung / swaraning kang kodhok krungu kang-kung / yèn dilaras ing kalane wayah bêngi / ngapenakake wong turu / kaya gamêlan digerong //

ngandikane wong sêpuh / pancèn nyata yèn sing nywara kang-kung / iku kodhok kang padha bungah ing ati / grombolan sakônca kumpul / padha agawe lêlagon //

jare ana sing ngêmpul / lan ambonang ajêg tansah kang-kung / wênèh ana sing ngorèk kaya ngêpraki / dene sing kunge alandhung / iku niyaga sing ngêgong //

mula sanadyan umyung / yèn dilaras sajak iya mathuk / yèn unine kaya ora anggêr muni / ingkang kunge kaya urut / ora mung anggêr nyalêmong //

kocap ing banyu agung / ana kodhok sing wis rada ngumur / thênguk-thênguk anèng pêntasan akanthi / anak loro

--- 588 ---

padha bêsus / kabèh lanang tur ajarot //

kodhok sing tuwa mau / ana kono karane Ki Gêmuh / awit ketok awake bangêt malênthing / nanging sarèhne wis ngumur / kulite bangêt bêngkêrok //

[Grafik]

dene sing loro mau / siji jênêng Theyot siji Thèblung / bocah loro padha nakal tur kumaki / Ki Gêmuh wis kêrêp tutur / bok aja padha mangkono //

unine kaki Gêmuh / thole kowe iku bok ya wêruh / pirangbara kowe gêlêm ngrumasani / yèn bangsaning kewan banyu / aja pijêr colat-colot //

awit akèh mungsuhmu / iya kuwi ula karo manuk / yèn ngantia kêpêthuk mêsthi bilai / môngsa wurunga diulu / orane iya digondhol //

bêcik têntrêma mungkul / anèng kene kumpulan wong têlu / sênêng-sênêng kalênengan sabên bêngi / Si Theyot mangsuli mrêngut / karo nyuwara mak theyot //

yèn ta aku anggugu / pitutur sing kaya ngono mau / sajêg-jêgku mung dadi bangsaning prêcil / bêgjane mung muni kang-kung / yèn aku: êmoh mêngkono //

jagade jêmbar cukup / palêsira iya bisa tutug / kowe priye Thèblung kang tinêmu pikir / apa dhêmên pathok bangkrung / ana kene nganti warok //

Thèblung nyambungi catur / yèn ta aku pancèn iya mathuk / panêmumu aku milu anèkêni / tinimbang mung pating cêblung / enak plêsir nganti katog //

Thèblung ngambali catur: / aku êmoh arêp pathok bangkrung / lilanana sida arêp lunga plêsir / kaki Gêmuh nuli clathu / wis môngsa bodhoa kono //

aku mung awèh tutur / rèhning kowe durung wêruh ngêdur / ora liwat mung sing padha ngati-ati / sababe akèh mungsuhmu / elinga kowe yèn kodhok //

samana wayah surup / bocah loro pating crolot mêtu / banjur padha lèrèn ana pinggir kali / Si Theyot nuli calathu / lènyèn. èsême tansah ketok //

lah apa ta kandhamu / arak sênêng plêsir-plêsir iku / galo kae ingêtna wong arêp mulih / saka sawah bêndung banyu / wah udude kêmpor-kêmpor //

dhasar tas kungkum banyu / têkan ngomah banjur mapan turu / wah barukut awake kêmulan kamli [ka...]

--- 589 ---

[...mli] '/ gone ngorok sênggur-sênggur / kojur tênan dadi kodhok //

sajêge ana banyu / sêsambène mung padha main: kung / mula bênêr anggonku nêdya ngoncati / dadine ora kêduwung / mung dadi kodhok bêngkêrok //

samana Theyot Thèblung / padha katrêm bocah loro kumpul / lan rumasa wêruh pêpadhang ngluwihi / nganti amanthêlêng gumun / saya suwe saya elok //

ora wêruh yèn iku / uwong golèk kodhok gawa suluh / barêng cêdhak bocah loro digêbugi / acêkekal padha kantu / barêng nglilir pating krênggos //

Theyot calathu sêru / kapriye ta Thèblung iki mau / wêruh-wêruh jêbul anèng jêron kêpis / dene iki padha ngumpul / karo kônca pating dhrêlog //

sawise ngono mau / barêng esuk jêbul wêruh-wêruh / uwis tiba tangane wong liya maning / wusanane ora wêruh / cah loro dadi saoto //

kocapa kaki Gêmuh / barêng krungu wartane sing wêruh / banjur nangis arasa satêngah mati / sambate kêrungu kang-kung / mula karan kongkang mêngko //

misah gone dêdunung / sabawane ngêmandhang cumêngkung / satêmêne saka bangêt anangisi / ing anake loro mau / ngono uwoh-uwoh wangkot //

dene karêping tutur / ing pantêse bocah durung ngumur / ngantêpana mênyang ing panggawe bêcik / gugu tuturing wong sêpuh / cikbèn nêmu karahayon //

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Bab Kêthoprak ing Batawi

Garèng : Lho Truk, aku krungu kabar, lagi malêm Minggu sing kapungkur kiyi, pakumpulan langên Darmayuga ing Wèltêprèdhên, mêntas mitongtonake lêlangên kêthoprak ing gang Lontar, kuwi apa nyata.

Petruk : Mula iya nyata, malah ana priyagung Jawa lan Walônda kang padha krêsa mrêlokake rawuh amriksani, kaya ta: ingkang bupati ing Batawi, utawa manèh Tuwan Dr. Voorhoeve amtênar ahli basa ing Bale Pustaka, lan isih ana manèh liya-liyane.

Garèng : We, lakok sêmadan kanjat, apa pancèn wis kêna ditongton kêthoprake. Lo, anggonku takon mangkono kuwi, amarga umure pakumpulan mau gajêge lagi rong sasinan ngono.

Petruk : Rèng, nèk ngomong bok aja sok nyara Banyumasan ngono, wong pikiranaku banjur padha pating slêbar jarene, bok dikandhakake rada pêngpêngan, ngono bae rak uwis, kathik nganggo sêmadan kajat barang. Mêngko nèk aku wis jèngkèl, sida tak cara Bandhung, wis mêsthi kowe ora nyahok têmênan. Mungguh pitakonmu mau, sanajan kumpulane lagi umur rong sasi, tongtonane kêthoprak mula iya wis kêna ditongton, mung bae…

Garèng : Lho, kok nganggo mung bae, dadi

--- 590 ---

ana ta sing kok cacad. Mara critakna nyang aku, apa.

Petruk : Lho, aku ora sumêdya nacad utawa ambênêrake, awit kang mangkono kuwi aku rumasa yèn ora duwe wajib. Sabênêre wong sing wajib anduwèni wawênang nacad, angalêmbana, utawa manèh ambênêrake samubarang tindak, ya kudu wong sing ahli marang tindak mau, ing môngka aku kiyi, apa manèh mèlu main dadi kêthoprak uwisa tau, lagi dadi sêtudhèning kêthoprak bae, iya durung tau nglakoni. Dadi sing arêp tak lairake nang kene kiyi iya ora maton, mung panêmuku dhewe, mulane têmtune iya akèh sing klira-kliru, ewadene aku kok rikuh, bok diarani mung arêp ngolok-olok bae, hara, durung-durung bae, wis ana sing mleroki.

[Grafik]

Garèng : Kowe ora prêlu rikah-rikuh, Truk, kiraku kumpulan langên Darmayuga malah dadi sênênge, yèn ana wong sing anuduhake barang sing ora dadi bêcike, prêlune ing têmbe burine bisa ngowahi sing ora bêcik mau. Mara, apa gamêlane sing kok wada.

Petruk : Wah, nèk gamêlane, ingatase ing Batawi kene, iya wis kêna diarani bêcik, sanadyan yagane dhang dhong isih sok rada kisruh, mung bae rasane kêthoprak wis rada ilang, amarga sing dadi bakune kêthoprak dibuwang, yakuwi lêsunge, sing muni uthuk-uthuk.

Garèng : Lho, nèk kuwi rumasaku ora dadi ngapa, amarga kajaba ing Batawi lêsung rêgane larang, wong rada ambrêbêgi kuping, dadi nèk nganggo lêsung, mundhak dikêlah ing tôngga têparone, amarga padha ora bisa turu. Kowe kudu ngèlingi, yèn sing manggon ana ing Batawi, kuwi wonge sênenjong, iya: wong Batawi, wong Jawa, wong Sundha, wong Madura, Walônda, Bombai, Yangko-yangko lan isih akèh manèh tunggale, dadi ora kabèh padha sênêng ngrungokake suwaraning kothekan kuwi. La nèk mung gamêlan bae, anggêre panabuhe kapenak, tamtune bôngsa apa bae, iya ngrasakake a…nglês, lo kuwi rumasaku. Dadi ilange lêsung, kaya-kaya ora andadèkake alangan apa-apa. Sing ora kok sênêngi kuwi apa pasindhène.

Petruk : Hla, kuwi kêna diarani kampiyun alias jêmpol têmênan, saking kapenake anggonku ngrungokake swara sing tlusupan turut wuwungan, nganti aku kalalèn ngumbe limune tanggaku têka tak labasake.

Garèng : Lha kuwi rak aran kalalèn sing kapenak bangêt, têmtune kowe iya kêlalèn anglironi. La, apa sing kok cacad kuwi têmbangane.

Petruk : Nèk têmbangane, iya wis sêdhêngan, [sêdhêng...]

--- 591 ---

[...an,] mung bae nèk nêmbang Kinanthi isih rada blero.

Garèng : Bab kuwi pancène ora kêna dipaido, awit kowe kudu ngèlingi, yèn anggone nyinau kabèh mau mung rong sasi, dene wis wani ngêtokake ing pasadaran, rak wis jênêng pêngpêngan têmênan, nèk ora bosên anggone nyinau bae, tamtune iya bakal sampurna. Dadi ing bab têtêmbangane, kaya isih ana pangarêpe bakal bisa bêcik, sêmono kuwi yèn ora banjur bosên panyinaone. Sing ora kok dhêmêni kuwi apa caritane.

Petruk : Nèk sing padha nonton ing kono, ora mung nyawang bêciking sandhangan utawa luwêsing jogède, ananging kanthi mikir mungguh karêpe critane, mula iya bêcik bangêt, awit ing kono ngêmu rasa: sapa sing tansah sumungkêm marang wong tuwane, tamtu bakal mumbul drajate.

Garèng : Hla, judhêg saiki anggonku ngrasakake, amarga apa sing wis kok anggêp ala, kuwi rumasaku ora dadi ngapa, ing têmbe nèk talatèn anggone nyinau, têmtu bisa dadi lan apike. Mara têrangna bae, apa sing ora dadi cocoging atimu.

Petruk : Wah, wong sing ora dadi cocoging atiku kuwi, rada angèl owah-owahane, kang kapisan, lakuning kêthoprak rada kakehan jêjogedane, dadi banjur angèl anggone arêp ngarani. Mara ta pikirên dhewe, pacakane kaya wong Hindhu, cawêtan lan sêrbanan, le mlaku kathik anjogèd ngalètèr kaya satriya Ngukiratawu, mara apa ora sêpêt nang pandêlêngan, upama lakune kuwi rada diprasajakake bae, kaya ta ngemba lakune Raja Tamtanus ing wayang golèk, gênthilêng, gênthilêng, lakune mau dibarêngake karo unining kêndhang, rak malah brêgas tur gampang panyinaone, kayadene kêthoprak ing Surakarta sing tak wêruhi, kuwi iya mangkono, dene dhang-dhong dianani èksêtrah anjogèd, kuwi malah dadi bêcike. Aja kok kabèh-kabèh anjogèd, rak malah dadi anjuwarèhi. Nèk arêp bêcik têmênan, luwih bêcik yèn jogède mau dipasrahake nang kumpulan wayang wong bae. Apa manèh saya pêt-pêtan mataku, barêng dêlêng ratune, dak arani rak Bathara Brama. Ha mara, sandhangane nyara Hindhu, kuluke kathik kuluke ratu Mandura, apa ora… mati aku. Kajaba kuwi, nèk pakumpulan kêthoprak mau kêpengin supaya disênêngi ing sakabèhing bôngsa, kajaba kudu disuda jêjogedane, kudu aja nganti kasuwèn cacritane, awit tumrap wong sing ngrêti utawa sing bisa krungu, iya mula ana sing sênêng, amarga ing cacritane mau akèh piwulange, ananging tumrap sing ora ngrêti utawa sing adoh papane, mêsthi banjur ngantuk bae. Wis, Rèng, sêmene dhisik, liya dina tak critakake panêmuku siji-sijine sing padha mèlu main.

--- 592 ---

Cariyos Wigatos

Kawontênanipun Sophyèt Ruslan ingkang Sajati

Candhakipun Kajawèn ôngka 30

XV.

Pêthikan saking sêrat kabar A.I.D.

Panutuping karangan

Manawi pamarentah langkung tumut ngudi kanthi kakêncêngan mênggahing kamajênganipun ekonomi tumrap golonganing têtiyang pribumi, langkung malih tumrap anyaèkakên kawontênanipun têtanèn tumrap tiyang siti, angajêngakên kabudidayan ingkang anjalari sagêdipun anggarap pangasilaning têtanèn dalah ampas bucalanipun, saha angajêngakên pindhahipun tiyang murih sudanipun papan ingkang sampun kêkathahên tiyangipun (makatên ugi ing tanah Ruslan cara pindhah-pindhahan wau sampun kalêbêt ing rancangan) tuwin malih salêbêtipun makatên wau para têtiyang pribumi ingkang inggil pangajaranipun, kaudia sagêdipun sami angsal padamêlan, lan salajêngipun sagêda angajêngakên kawontênanipun piyambak tuwin sagêda anindakakên punapa-punapa tumrap kamajênganipun tanah wutahrahipun. Manawi sadaya wau sagêd kalampahan, tamtunipun lajêng kathah para tiyang ingkang samangke sami ngandhut sêsêngitan dhatêng para panguwasa, ingkang sami sae malih dhatêng para panuntuning nagari saha lajêng angaosi dhatêng panuntun wau.

Sayêktosipun botên prêlu, malah-malah botên prayogi, upami lajêng ngêmungakên kapasrahan ing padamêlan kaamtênaran kemawon, langkung sae utawi malih langkung kathah pigunanipun, upami sagêd kaudi, murih para pribumi ingkang pangajaran wau sarana pikajêngan tuwin pikiranipun piyambak sagêd angajêngakên tanahipun piyambak ing bab kawontênanipun ekonomi, ing ngriku têtiyang wau sagêda anêmtokakên, bilih badhe angsal pambantu saking pamarentah tuwin para amtênaripun. Pêrgêrakan ingkang makatên punika manawi wiwitan tuwin pangurusipun kanthi pramana, saperangan agêng saking tênaganipun têtiyang, ingkang samangke, jalaran saking ala ngangguripun gadhah tindak sêdya ambalela, punika tamtu lajêng sagêd ewah saking kakiyataning tênaga murugi dhatêng padamêlan kangge umum, inggih punika satunggiling sarana utawi budidaya ingkang sae piyambak tumrap pamêpêring tindak ingkang makatên wau. Punapa malih lajêng badhe angêndhih dhatêng dayaning para propagandhis, tumrap têtiyang kathah, ingkang sami kêbrangas, jalaran saking botên sumêrêpipun, ngantos sami purun anindakakên lampah ingkang nasar, tuwin inggih badhe amangsulakên timbanganipun malih dhatêng golonganing têtiyang, ingkang jalaran saking pamanggihipun wontên ing pasrawunganing ngakathah saha saking kacêkapaning padamêlanipun, lajêng sami dados satrunipun bêbuyutan, tumraping sadaya niyat-niyat ingkang badhe angrisakakên praja.

Punapa malih ing dhusun-dhusun, ingkang makatên wau badhe kalampahan kanthi sayêktos-yêktosipun.

Salugunipun mila cêcêngkahan kalihan punapa mêsthinipun, ingatasipun para tani ingkang sami gêgadhahan ing dhusun-dhusun ing Bantên tuwin ing Priyangan sami anggolong dhatêng kaum komunis. Ing bab punika tanah Ruslan kados sampun suka tôndha saksi, inggih punika bilih têtiyang tani botên purun nyumêrêpi babarpisan dhatêng ancasing kaum komunis, ngêmungakên satunggal lan satunggalipun kanthi kêncêng ngêkahi sangêt dhatêng wêwênangipun anggadhahi. Para tiyang tani sami dipun sukanana kalonggaran tumrap angajêngakên lampahing panggaotan anggarap sitinipun, dene para kaum pangajaran têtiyang siti, ingkang botên kadumugèn manahipun, jalaran namung kapasrahan pangkat ingkang andhap-andhap wontên ing ôndêrnèmêng gadhahanipun tiyang mônca, utawi namung anglênggahi pangkat-pangkat dados sor-soran kemawon. Tumrap ing kantor guprêmèn, punika sami dipun paringana kalonggaran sagêda migunakakên kacêkapanipun kalayan samurwat, manawi lajêng katindakakên ingkang makatên wau, tamtu badhe tuwuh pitados sami pitados tuwin bantu-binantu tumraping pamarentah saha golongan-golonganing têtiyang, ingkang samangke dipun kuwatosakên, jalaran saking titikipun ingkang sumêdya ambalela wau. Salajêngipun tamtu badhe ngawontênakên sarining têtiyang, ingkang anyambutdamêl sakiyat-kiyatipun tumrap angajêngakên ing bab ekonomi saha lajêng sami dados panuntuning têtiyang bangsanipun, utawi malih têtiyang ingkang nyêpêng tuntunan wau, têmtu sami têtiyang ingkang pintêr-pintêr saha suci manahipun.

Manawi sampun makatên kawontênanipun, salajêngipun tamtu sagêd ayêm kemawon dhatêng niyatanipun karajan mônca, ingkang ngawontênakên agèn-agèn ing nagari-nagari sanès, prêlunipun badhe nyudakakên dayanipun nagari mônca, murih ukuraning kawontênanipun sami andhapipun kalihan karajanipun piyambak, amargi niyatan-niyatanipun wau badhe lajêng kaundurakên dening para pangajênging têtiyang pribumi piyambak.

Ing donya pulitik, propagandhah katindakakên sarana tatêmbungan

--- 593 ---

ingkang sae-sae, ingkang punika inggih lajêng angèl anggènipun ananggulangai pangasutipun para propagandhis ingkang anjanjèni punapa-pupana ingkang ngenyutakên. Ananging tumraping laladan ekonomi, ingkang kenging kabuktèkakên sarana ôngka-ôngka, ing ngriku sagêd adamêl pêpandhingan mênggahing uwohipun kanthi botên ela-èlu.

Ing karanganipun Tuwan Baars ing ngajêng, Tuwan Baars sampun nyobi anêrangakên karampunganipun ing bab ekonomi ing paprentahan Sopyèt sarana ôngka-ôngka, ing Ruslan inggih ôngka-ôngka punika ingkang dados sêkar lathinipun kawontênaning panggêsangan. Ingkang ngrika lajêng kapêksa saking donya pulitik pindhah dhatêng ekonomi, dados lajêng kasumêrêpan, inggih punika sasampunipun tuwuh bêbaya kaluwèn lan pacêklik, bilih ekonomi punika ingkang prêlu piyambak saha ingkang dados dhasaring sadhengah panggêsangan.

Tuwan Baars rumaos sampun ambuktèkakên, bilih tumrap tanah Indhonesiah komunismê punika botên dados dhasaring panggêsangan, ngêmungakên dados dhasaring pêpêjah. Sintên ingkang sampun paham bab prakawis punika, tamtu lajêng cancut ambudidaya anyaèni kawontênaning gêsang sêsrawungan tumrapipun jaman samangke punika, salajêngipun sampun ngantos wontên golongan, ingkang jalaran kasangsaranipun utawi mandhokoling manahipun, utawi jalaran punapa kemawon, lajêng anggayuh dhatêng pandamêl dede, inggih ingkang adamêl sangsaraning gêsang sêsrawungan, bilih sampun kalêksanan sadhengah ingkang gêsangakên urubing latu aru-ara sagêd kasirnakakên saking para kawula, langkung malih saking golongan tani lan kaum pangajaran, sapintên sisanipun tiyang ingkang taksih damêl aru-ara, sampun tamtu botên badhe kadumugèn sêdyanipun, kadosdene ingkang sampun kalampahan ing nagari Walandi. Para têtiyang wau sagêdipun têrus nyambutdamêl namung salêbêtipun taksih angsal bantuan saking Rus.

Tamat.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Ing dhistrik Turèn, Malang, mêntas wontên prahara anggêgirisi. Wontên lare têtiga saking dhusun Jambangan, ngeyup wontên sangandhaping wit ing dhusun Pamotan, dipun sambêr gêlap, ingkang satunggal pêjah sanalika, ingkang kalih nandhang tatu rêkaos. Lèpèn Rêmbun toyanipun lubèr. Margi saking Turèn dhatêng Dhampit, kêlêban ing toya, lêbêtipun ngantos 2 mètêr. Wit-witan sapinggiring margi sami sol. Satunggaling cagak krêtêg pêdhot kêtêrak ing toya, saha lajêng ambruk. Rahayu trèm ingkang badhe langkung ing ngriku lajêng dipun sukani sumêrêp ing Carik dhusun Rêmbun. Kintên-kintên ing salêbêtipun tigang minggu margi wau botên kenging kangge langkung.

Kala ing dintên Salasa kapêngkêr, nuju dêrês-dêrêsing jawah, ing Pasirlimus, Tambun, Mèstêr Kornèlis wontên lare angèn dipun sambêr ing gêlap, lare tuwin maesanipun sami gêsang saha tiwas sanalika.

Wôntên pawartos, tumuntên badhe miwiti damêl pakunjaran enggal ing Struiswijk Wèltêprèdhên. Rancanganing waragad pakunjaran wau 3½ ton, prêlu badhe kangge papan tiyang tahanan prèpèntiph, tuwin ukuman ingkang mayar ing pakunjaran Cipinang. Miturut rancangan, pakunjaran wau awangun bundêr, wiyaripun ing ngajêng kintên-kintên 180 Mètêr.

Kawartosakên, pandamêlipun griya tahanan ing Têbingtinggi tuwin Minje sampun mèh rampung.

Up agèn pulisi Kok ing Bandhung, dipun cêpêng jalaran saking gadhah tindak mirês. Dèrèng dangu tuwan wau sampun gadhah atur ing pamarentah ngakêni dhawah ing kamlaratan.

Radhio sêtatsiun ing pulo Panjang martosakên, sasampunipun kèndêl salêbêtipun 12 jam, ing sapunika kawah ing Krakatao wiwit tumandang malih. Inggiling pambalêdhosipun ngantos 50 mètêr.

Nalika tanggal 11 wulan punika, ing kadhistrikan Bèji, Klathèn, ambikak poliklinik, wragadipun kapêndhêtakên saking arta kas dhusun. Kabaripun ing Jatinom tuwin ing Bayat inggih badhe dipun adani makatên.

Pamarentah sampun amarêngakên anggêntosi pasitèn ing Blitar gadhahanipun N.V. Oliefabrieken Insulinde ingkang sampun dhawah ing kamlaratan, rêgi f 70.000.- Panggenan wau badhe kangge papan panggulawênthahan lare jalêr.

Benjing konggrès P.P.P.K.I. salêbêtipun wulan Juli 1928 wontên ing Surabaya, badhe mawi têtingalan sarana mupu beya. Angsal-angsalanipun badhe kangge ambiyantu kasing pakêmpalan kabangsan.

Pakunjaran tumrap bôngsa kulit pêthak tuwin têtiyang siti ingkang pangajaran ing Bandhung, ingkang sawêg dipun garap, wêwangunanipun inggih miturut pakunjaran tanah kilenan. Ingkang ngadani padamêlan wau para têtiyang ukuman, dipun pangagêngi ing B.O.W.

--- 594 ---

Para priyantun ing Bayalali badhe ngêdêgakên pasar malêm, wiwit tanggal 30 Juni dumugi 10 Juli, sarana ngawontênakên pawitan f 4000.- kabage ing 400 andhil nyadasa rupiyah, angsal-angsalanipun badhe kangge miwaha tumbuk dalêm sampeyan dalêm ingkang wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, tumbuk yuswa 64 taun.

Sanadyan dèrèng dipun têtêpakên, nanging sampun wontên pawartos, bilih ewah-ewahaning paprentahan badhe tumindak wiwit tanggal Januari 1929, naning tumrap Pasuruan badhe dipun piyambakakên, jalaran saking kawigatosaning gêwès, ugi sampun kenging katamtokakên, ingkang badhe jumênêng Residhèn Tuwan Gesseler Verschuir.

Pamarentah botên sagêd angambali mariksa malih karampunganing prakawisipun Paduka Gupêrnur Hillen kalihan wakil Bupati Bandhung ingkang kakèndêlan. Bêslit kèndêlipun wakil bupati wau têtêp botên ewah.

Wontên wartos, bilih panyuwunipun Ir. Meertens dhatêng pamarentah, ing bab pitulungan minôngka lêlintuning pènsiun ingkang dipun suwak, botên dipun parêngakên.

Jalaran saking kamajênganipun mantri guru ing pamulangan gupêrmèn ôngka 2 ing Cikarang, ing salêbêtipun wulan punika sagêd anglêbêtakên murid enggal, têtiyang siti tuwin Tionghwa wontên 90, sapunika gunggunging muridipun wontên 300 langkung. Nanging tumindaking pangajaran ragi rêkaos, awit guru 4 ngajar 6 klas. Ing sapunika dipun pranata tumindak giliran. Tuwin sarèhning kathah muridipun èstri, prêlu badhe nyuwun guru èstri kangge mulang padamêlan tangan, makatên ugi wêwahing guru jalêr.

Ing dintên Kêmis kêpêngkêr, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral mêntas ngawontênakên konpêrènsi kalihan para bupati. Ingkang karêmbag prakawis umum, lajêng bab sudaning kawula ingkang purun dados priyantun pangrèh praja, lajêng prakawis ingkang magêpokan bab nikahan, wusana bab tumindaking bêrgêrlêkê sêtan.

Malêm Akat tanggal kaping 8 April punika, ing pandhapa kabupatèn Karanganyar bawah Mangkunagaran dipun wontênakên têtingalan bêksan Jawi warni-warni mawi bayaran, saking ada-adanipun bêbadan komite panulung kasangsaran banjir, angsal-angsalanipun yatra saking para mirsani badhe kadarmakakên dhatêng têtiyang ingkang sami kasangsaran banjir ing padhusunan bawah kabupatèn wau.

Malêm Akat tanggal kaping 15 ugi April punika, pakêmpalan musik klêb ing baprik gêndhis Tasikmadu bawah Mangkunagaran, ambikak têtingalan darma warni-warni, angsal-angsalanipun yatra badhe kangge darma dhatêng griya pamulasaran tiyang sakit maripat ing Ngawi, tuwin Bomêske ing Tasikmadu.

Kawartosakên benjing wulan Bêsar ngajêng punika Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping VII, badhe kagungan damêl nêtêsakên putranipun ingkang miyos saking garwa dalêm Kangjêng Ratu Timur.

Kawartosakên bilih Kangjêng Pangeran Arya Mataram, pangagênging paprentahan marêkwèsên ing sabawah kasunanan, benjing wulan Mèi ngajêng punika badhe lèrèh saking anggènipun ngasta padamêlan amangagêngi paprentahan marêkwèsên wau. Sintên ingkang kacalonakên badhe dados gagêntosipun, dèrèng wontên kabar.

Ing sabên taun dhawah ing dintên Ngahad pungkasaning wulan Sawal, ing Luar Batang, Batawi, inggih punika dunungipun pasareanipun sawênèh aoliya ingkang nama Habib Al Edrus wontên wilujêngan agêng, mèngêti sedanipun aoliya wau. Ing wulan punika wilujênganipun sampun kalampahan kala Ngahad kêpêngkêr, tiyang ingkang dhatêng kathah sangêt.

Kala ing dintên Rêbo kêpêngkêr margi sêpur antawisipun Tagogapu kalihan Ciputat, sitinipun longsor, sêpur 513 ingkang langkung ing ngriku ingkang sabagean kurugan, nanging botên andadosakên sabab, sasampunipun siti kasingkirakên, sêpur sagêd lumampah malih, kasèp 20 mênit.

Ing Cianjur kêtitik kambah ing sima, wontên tiyang kecalan maenda jalaran katêdha ing sima. Mirid pangintênipun têtiyang ing ngriku, sima wau biyungipun gogor ingkang dipun ingah ingkang bupati.

Kados ingkang sampun kawartosakên, sapunika de Jeer badhe kapriksa prakawisipun bab suka papan pangayoman dhatêng tiyang pambrontak, dados botên tumut nêdya ngrêbahakên pamarentah.

Pawartos saking Rêdhaksi

Lêngganan nomêr 506 ing Bojanagara. Ing Kajawèn ugi badhe ngêwrat wêwêdharan sabda ing parêpatan kawula. Buku Serie No. 777 kalihan buku Peroebahan Pemerintahan negeri punika sami kemawon. Dene dhaptar dèrèng wontên sanèsipun malih.

Lêngganan nomêr 2388 ing Purbalingga. Bab prayogi panjênêngan supados pangintuning Kajawèn dipun tapihi kados Kajawèn nomêr lêbaran, murih botên gampil dipun cidra ing tiyang. Punika sawêg karêmbag.

Lêngganan nomêr 2112 ing Tayu. Mênggahing kopêrasi, badhe nyuwun rèh pêrsun utawi botên, punika gumantung wontên ing kajêngipun pakêmpalan piyambak, ing bab agami botên tumut-tumut.

Lêngganan nomêr 2504 ing Randhublatung. Ngrêsiki plat gramopun punika cêkap kalihan sikat, ingkang pancèn pirantos kangge ngrêsiki gramopun, tumbasipun dhatêng toko plat, dene manasimanawi. rêgêdipun kêsangêtên, kêdah mawi dipun kumbah ing bènsin rumiyin, lajêng dipun sikat.

--- 595 ---

Wêwaosan

Sêsupe Agêmipun Rajaputri ing Seba

30. Pamriksaning prakawis

Dhawuh pangandikanipun sang putri: ing ngriki punika pasareaning para nata kina ing Mur wontên sangandhaping siti, mangke panjênêngan badhe priksa. Sang putri lajêng ngasta tanganipun Orme malih, awit pèrèngipun mayat saha lunyu.

Kula sadaya lajêng lumampah têrus, ajêg tumurun, mandhapipun kintên-kintên ngantos 400 mètêr, kula sadaya dumugi ing papan ingkang jêmbar sangêt, ingkang saèmpêr papan kumidhi, katutup ing payon curi inggil sangêt. Sang putri lajêng menggok manêngên, saha lajêng kèndêl wontên sangajênging barang-barang pêthak gilap, dilah ingkang dipun asta lajêng dipun angkat manginggil saha ngandika: môngga kapriksanana.

Kula sadaya inggih lajêng sumêrêp, ing ngriku wontên kursi sela agêng, ingkang palinggihanipun kêbak balung tiyang, ing ngriku wontên cumplungipun ingkang dipun anggèn-anggèni makutha êmas. Kajawi punika wontên rêrênggan sanès-sanèsipun kados ta: têkên karajan, sêsupe, oncèn-oncèn mutyara, dêdamêl, saha kêre, ingkang kasèlèhakên ing antawising balung-balung wau. Ingkang kapratelakakên wau dèrèng sadaya, amargi sakubênging kursi taksih wontên jrangkong sanèsipun sèkêt, mawi tôndha-tôndha pangangge, ingkang dipun angge kala gêsangipun.

Makatên ugi ing sabên sangajênging jrangkong wontên bakinipun salaka utawi têmbaga, kêbak barang-barang ingkang kathah pangaosipun, kados ta: cangkir utawi wadhah sêkar sami êmas, barang pirantos kangge dandos, kalung rante, rêrênggan dhadha, kêlat bau, gêlang, anting-anting, utawi sanès-sanèsipun, ingkang sadaya mawi rinêngga ing sela ingkang awis rêginipun, kajawi punika wontên tumpukan arta lan barang sanès-sanèsipun pintên-pintên atus warni, kawontênanipun sadaya wau sampun dipun melikakên ing tiyang wiwit saking kala wontênipun kasusilan.

Sarêng sang putri mriksa bilih kula sadaya anggènipun ningali kawontênan ingkang anggêgilani wau sarana ajrih, sang putri lajêng ngandika makatên: panjênêngan tamtunipun mangrêtos, bilih ingkang lênggah ing kursi punika ratunipun, dene ingkang gumlethak ing sakubêngipun, punika para garwa, upsir tuwin ajudanipun. Kalanipun sang nata wau seda, sadaya kawulanipun ing kraton kairit mriki kanthi ambêkta bandhanipun sadaya, têtiyang wau lajêng kapatah manggèn sakubêngipun sang nata saha nuntên pinêjahan, manawi panjênêngan andamu balêduk punika, panjêjêngan tamtu badhe priksa, bilih curi punika taksih kêbak tabêt tetesaning êrah, kajawi punika taksih wontên tapaking lamêng ing cumplung saha balung cêngêl.

Quick ingkang sok rêmên dhatêng nitipriksa, inggih lajêng nitipriksa kawontênanipun ing ngriku.

Salêbêtipun Quick nyêpêng cumplung saha lajêng dipun bucal malih kalihan wicantên makatên: lailah, kula bingah sangêt, dene kula kala rumiyin botên ngabdi dhatêng nata ing Mur. Malah ingkang makatên punika taksih katindakakên wontên ing Aprikah, amargi nalika kula kèndêl wontên ing pasisir kilèn, kula dumugi ing sacêlaking papan ingkang têtiyangipun dipun pêndhêm gêsang-gêsangan.

Kala têtêmbunganipun Quick sampun dipun prêtal, sang putri lajêng ngandika: sagêd ugi makatên, ananging ing kintên kula manawi kawula kula botên badhe nindakakên ingkang makatên punika. Sang putri lajêng gumujêng saha nyambêti pangandikanipun makatên: sumôngga para mitra sami anglajêngakên lampah, ing ngrika taksih kathah têtingalan raja-raja ingkang kados makatên punika, lan dilahipun botên kuwawi dipun panjêr dangu-dangu.

Kula sadaya tumuntên anglajêngakên lampah, kintên-kintên watawis kalihdasa pas,pal. kula sadaya sumêrêp kursi ingkang kados makatên wau malih, ingkang nginggil tuwin sakubêngipun kêbak balung, gumlethaking balung ingkang makatên wau, sasampunipun bangke bosok. Makatên ugi ing ngrika-ngriki, ing kubêngipun wontên jrangkong-jrangkonging tiyang, ingkang sami andhèrèkakên sedaning ratunipun, satunggal-satunggalipun angajêngakên baki raja pèni, sangajêngipun kursi cêlak wontên balunging sagawon, ingkang mawi rante rinêgga-rêngga ing pêpêlikan. Salajêngipun kula sadaya lajêng dumugi ing kursi bangke ingkang nomêr tiga, ing ngriku sang putri nudingi satunggiling jrangkongipun tiyang jalêr, ingkang ing ngajêng ugi wontên bakinipun kêbak gêndul jampi ing jaman kala samantên, antawisipun gêndul-gêndul wau wontên pirantosipun kangge anjampèni.

Sang putri kanthi mèsêm angandika makatên: dhuh Dhoktêr Adams, môngga kula aturi ngandika dhatêng kula, kintên-kintên panjênêngan punapa karsa dados dhoktêr wontên salah satunggiling nagari ing Mur punika.

Kula amangsuli: O botên sang putri, ananging manawi panjênêngan amarêngakên, kula kaparênga nitipriksa pirantos-pirantosing

--- 596 ---

anjampèni punika. Salêbêtipun sang putri anglajêngakên tindakipun, kula andhingkluk prêlu ngisèni kanthongan kula. Ing ngriki prêlu kula cariyosakên, bilih sasampun kula titipriksa sayêktos, pirantos-pirantos wau wontên sawatawis ingkang sanadyan umuripun sampun ewon taun, ewadene ngantos dumugi samangke taksih kenging dipun angge.

Mênggah kawontênanipun pasarean-pasarean sangandhaping siti, ingkang nganèh-anèhi saha anggêgilani, punika botên prêlu kacariyosakên malih. Lampah kula sadaya saking satunggal-satunggaling panggenan ratu, kula sadaya ngantos rumaos bosên ningali balung tuwin êmas. Kula sadaya sawêg kemawon badhe angrêmbagi, murih kèndêl anggènipun nitipriksa, dilalah kula sadaya sampun anyêlaki ingkang nomêr salangkung, kadosdene miturut pangetang kula. Ing ngriku kula sadaya lajêng kanthi gumun sangêt, amargi ratu punika ingkang agêng piyambak panguwaosipun, ing kubêngipun wontên bangkenipun kathah sangêt, cacahipun tikêl tiga utawi sakawan tinimbang sanès-sanèsipun, saha rajabrana ingkang wontên ing ngriku sakalangkung kathah sangêt, sawatawis wontên ingkang wujud rêcaning tiyang jalêr tuwin èstri utawi rêcaning dewa.

Ananging ingkang nganèh-anèhi, dene ratu punika bucu, lan cumplungipun agêng sangêt, wujudipun anggêgilani, bokmanawi luhuring kabatosan sairib kalihan agênging sariranipun, tôndha yêktinipun botên kirang lare sawêlas ingkang kakurbanakên ing panjênênganipun. Antawisipun lare samantên wau, miturut sawênèh kuwolak-waliking balung, wontên ugi lare kalih utawi tiga ingkang putranipun piyambak.

Ingkang makatên punika lajêng anuwuhakên pitakenan salêbêting manah kanthi gumun, kadospundi kawontênanipun nagari Mur utawi tanah têpis-iringipun, kala ingkang jumênêng nata raja punuk wau, ananging bab punika ing sêrat babad botên anyêriyosakên punapa-punapa.

10. Quick Angêjèsakên Rèkipun

Sang putri nolèh sipat pamidhangan tuwin ngandika: ing ngriki kula sadaya miwiti mubêng-mubêng, amargi papan ing ngriki punika bundêr.

Ananging Olivier Orme ingkang dipun pangandikani ing sang putri makatên wau, nilar sang putri saha sawêg nitipriksa kawontênanipun satunggiling pirantos, ingkang kapêndhêt saking kanthonganing rasukanipun, wontên ing sawingkinging kursi bangke palênggahanipun ratu bucu.

Sang putri ngêtutakên Orme saha sajak kêpengin badhe priksa, barang punika punapa, tuwin punapa sababipun Orme migunakakên barang punika.

Orme amangsuli: kula sadaya amastani barang punika pandom, ing ngriku kula sagêd sumêrêp, bilih ing ngrika sangajêng kula sadaya punika sisih wetan, inggih punika prênahing srêngenge mlêthèk. Makatên ugi nêdahakên sapintên inggiling panggenan kula saking lumahing toya sagantên, o, sang putri inggih punika toya kimplah-kimplah wiyar sangêt, ingkang panjênêngan dèrèng nate nguningani. Dhuh sang putri, mugi ngandikaa dhatêng kula, wontên ing sisih ngrika badhe manggih punapa, saupami kula sadaya sagêd nrabas ing curi punika.

Sang putri amangsuli: miturut cariyosing tiyang, ing ngrika punika dununging dewanipun têtiyang Fung ingkang asirah singa. Sadèrèngipun panjênêngan angrisak gapuraning kitha Harmac, panjênêngan rak inggih priksa. Ananging sapintên têbihipun, punika kula botên sumêrêp, jalaran kula botên sagêd ningali nrabas sela-sela punika. Dhuh mitra kula Adams, kula aturi mitulungi kula, angisèni dilah-dilah punika, jalaran urubing dilah-dilah punika ambalêrêt, lan manawi pêtêng kawontênaning têtiyang pêjah punika botên nyênêngakên, makatên punika mênggahing pamanggihipun kawula kula, amila botên wontên têtiyang ingkang wani malêbêt ing kitha ngriki punika. Sawatawis taun sapriki, nalika kawitanipun kula kalihan para kawula nyumêrêpi kawontênanipun papan punika, saha sumêrêp kawontênanipun ing nglêbêt, têtiyang kula sadaya wau sami lumajêng saha nilar kula piyambakan, supados nitipriksa salajêngipun. Sumôngga priksanana tapak-tapak kula wontên ing lêbu.

Kula ngisèni dilah alit wau lan salêbêtipun punika Orme nglajêngakên panitipriksanipun sawatawis kanthi rêrikatan, ingkang angsal-angsalanipun dipun sêrat wontên ing buku alit.

Sang putri lajêng animbali piyambakipun. Sarêng Orme ingkang sajak botên rêna manahipun ngêmpali kula sadaya, sang putri lajêng andangu makatên: panjênêngan sagêd manggih punapa.

Orme amangsuli: angsal-angsalanipun botên patos kathah kados manawi kula panjênêngan paringi wêkdal langkung dangu. Minôngka katranganipun Orme nyambêti atur makatên: dhuh sang putri, mênggah sajatosipun kula punika insinyur, lan manawi nyambutdamêl kêdah migunakakên petangan kathah. Kintên kula têtiyang ingkang pêjah punika kathah ingkang bangsaning insinyur.

Sang putri lajêng angandika: inggih, ing ngriki para insinyur punika ugi wontên, têtiyang punika sami damêl bêndungan utawi urung-urung margi toya, saha griya-griya, ananging pandamêlipun griya-griya wau botên kados jaman rumiyin. Sang putri andangu malih, o, piyantun juru yêyasa ingkang pêng-pêngan, pinanggihing papriksan panjênêngan punapa.

Orme amangsuli, pinanggihipun botên patos têbih saking kitha Harmac. Lan bilih ing ngrika, sawingkinging kursi, punika ing suwaunipun lurungan, ingkang têmbe wingkingipun lajêng dipun tutup malih. Ananging o sang putri, panyuwun kula panjênêngan sampun ngandika punapa-punapa, lan sampun andangu punapa-punapa sanèsipun dhatêng kula rumiyin, amargi kula dèrèng sagêd ngaturi priksa punapa-punapa dhatêng panjênêngan ingkang saèstu. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]