Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-05, #1643

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1928, #1643
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-01, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #373.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-02, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #374.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-03, #1643 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #375.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-04, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #376.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-05, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #377.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-06, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #378.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-07, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #379.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-08, #1643 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #380.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-09, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #381.
10.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-10, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #382.
11.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-11, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #383.
12.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-12, #1643 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #384.

Ôngka 36, 15 Dulkangidah Taun Jimakir 1858, 5 Mèi 1928, Taun III

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [669] ---

Ôngka 36, 15 Dulkangidah taun Jimakir 1858, 5 Mèi 1928, Taun III

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Musiyum saha BIBLIOTHEEK ing Surakarta

[Grafik]

Budidaya murih amêwahi kamajênganing nagari dalah têtiyangipun, ing Surakarta wontên satunggiling gêdhong kangge taman pustaka Bibliotheek sarta kangge musiyum, inggih punika pasimpênan barang kina warni-warni lan sapanunggilanipun. Punapa malih buku-buku wau inggih kenging kasambut dhatêng sintên ingkang sami kêpengin maos.

--- 670 ---

Kabar Wigatos

Pantês Sinudarsana, Margatama ing Dhusun Grabag

[Grafik]

Rêdi Mrapi tiningalan saking kantoran Margatama.

Margatama punika, namininipun griya yêyasanipun tiyang sadhusun, kangge kantoranipun lurah akanthi pangudinipun ingkang wêdana ing dhistrik ngriku. Dene sêdyanipun badhe angudi mamrih raharja lan tata têntrêming dhusun. Minggahipun dadosa tambahing sarana kêrta lan têntrêming praja, lan nyambut damêl sêsarêngan kalihan babagan punapa kemawon ingkang botên anrajang wèting agami lan nagari. Kantor wau kabikak nalika tanggal kaping 22 April 1928 dening ingkang wadana ing dhistrik ngriku. Mapanipun Margatama amilih panggenan ingkang mikantuki sangêt (kuciwa dene botên sagêd ngintunakên portrètipun), sasampunipun Margatama dandos ingkang langkung prasaja, kataman dening sumêblaking langit. Soroting surya kêraos anggatêli, nyasmitani kados panguwuh-uwuhipun alam dhatêng para manungsa ngriku murih sami sêsalaman kalihan pun Margatama. Toko-toko, lan ing pêkên, kêtingal sêpên. Griya-griya ing pakampungan kathah ingkang minêb, jalaran têtiyangipun sami

--- 671 ---

amrêlokakên dhatêng ing Margatama. Punapadene malih tamu-tamu para luhur, dalah ingkang saking sanès apdhèling inggih botên kirang. Binarung ing lagu gôngsa warni-warni lan têtingalan ingkang maneka warni. Gumrênggênging ngriku amêwahi gênthilênging Margatama. Ngiwa nêngên sagêd amriksani ing rêdi-rêdi: Andong, Telamaya, Mêrbabu, Sumbing, Sundara, lan pucakipun rêdi Mêrapi. Ing sêmu wau rêdi-rêdi kados jinjit-jinjita daya-daya sami kapengin mriksani Margatama, raosing angin ngidit lamat-lamat amêwahi sêgêring anggaota, miraos ugi atur pambagya dhatêng Margatama saumumipun. Kintên-kintên jam 10 ingkang wêdana ing ngriku amêdhar sabda mênggah babad-babad lan pikajêngipun Margatama, sarta amrayogèkakên dhatêng ingkang gadhah kantor Margatama anêrang-nêrangakên maksud punika kanthi sakatogipun. Ki juru kantor Margatama botên badhe kewran tindaking Margatama waton angsal pangayomaning para pangagênging among praja. Nuntên tinampi ing kangjêng bêndara, bupati ing Magêlang, aparing sêsorah akanthi rêna ing pênggalih, wontênipun ada-ada sadhèrèk dhusun sami purun tumindak yasa griya kantoripun piyambak, lan kêrsa dalêm sagêda enggal dipun tulad dhatêng sanèsipun dhusun. Dumugi ing ngriki suka sukuring para kawula winakilan ing aturipun sabarisan putra-putra murid Tionghoa Uwèkuwan, ngangge lagu Sing In sinêsêlan lagu-lagu Indhonesia, ingkang sajak raosipun angêlangut.

Jam 12 sami kaaturan dhahar kupat saha punar.

Jam 5.30 bibar, gumrênggênging tiyang kathah ingkang mêdal rêraosan: ngayawara, nanging miraos lan wigatos ugi. Endah-endah kayangapa sênênge wong padesan, manawa bisa yasa kantor dhewe, dhasar sing dadi juru kantore wêton sêkolahan.

Pun Wara Sutinah ing Gowak 1937.

Ekonomi

Glotha-glathe Nênanêm

Têmbung glotha-glathe, utawi awon angguran, saking rumaos kula awon sae, mênggah awon saenipun wau manut ingkang dipun glathe, yèn glotha-glathe ngabotohan, lêpatipun kawon inggih sasap, manawi glotha-glathe bêbakulan, lêpatipun bathi inggih katunèn. Mênggah ingkang badhe kula aturakên ing udyana ngriki, bab glotha-glathe nênanêm, mênggah têmbung glotha-glathe punika wau, pandamêlan ingkang botên dipun pasthèkakên wêwalêsipun (kocak-kacik) namung inggih gadhah raos pangajêng-ajêng, namung botên sangêt, mênggah anggèn kula nênanêm punika: sokur mêdal uwohipun, dene botên mêdalipun namung kecalan pandamêlan sanyèk.

[Grafik]

Nalika môngsa labuh ingkang kapêngkêr punika, kula [ku...]

--- 672 ---

[...la] kengkenan tumbas wiji kacur (gambas) kalihan wiji pare dhatêng pêkên, dene wiji punika badhe kula tanêm wontên ing pakarangan kula, sarèhning wêdal punika môngsa labuh, dados tekad kula namung kocak-kacik, awoh inggih sokur, dene botên awohipun inggih botên dados punapa, jalaran sitinipun salaminipun botên nate katanêman barang-barang, aliyas bêra. Dene kula gadhah niyat makatên punika: sapisan namung ajrih dhawuhipun parentah, tiyang botên angsal ambêrakakên siti, kaping kalihipun kula asring maos buku-buku bab nênanêm ing pakêbonan. Mila kula lajêng glathe-glathe nênanêm wontên pakêbonan, lajêng wijinipun kacur (bêstru) kula tanêm ingkang watawis têbih griya, kula cêlakakên wit ingkang badhe kula angge rambatan. Wijinipun pare kula tanêm wontên ing lêngkangan griya kalihan pawon, lajêng siti ingkang kula tanêmi kula tutupi blebekan sêpêt, sarêng sampun sawatawis dintên, tutupipun kula bikak, ing ngriku sampun katingal sami thukul mrajik, thukulanipun katingal lêma. Kula lajêng angglathe malih damêl bêthekan, badhe kula angge nganjang-anjangi. Sarêng kula katingal glithi damêl anjang-anjang (bêthekan) kula malah dipun krawus kônca èstri: barang durung karuwan nèk awoh bae wis ribut, tuwas ngêcèh-êcèh pring anu-anu... Lajêng wangsulan kula: E, ya bèn ta, mung tinimbang nganggur we ngapa ta, dene mêtu wohe ya sokur, dene kudu ora awoh ra ya êbèn, barang ora ngingoni we kok ribut, jênênge ora kapiran, mêngko lurahe rak ora upyêk dhawuh bae. Kocapa sarêng sampun mrambat, anjang-anjangipun kêbak plêg, lêngkangipun ngantos pêtêng kados dipun tarupi. Bêstru (kacur) ingkang kula tanêm ing kêbonan, ugi sampun mrambat angômbra-ômbra, sarêng sampun purun awoh, wohipun kenging dipun wastani ngêmohi, lumintu botên wontên kêndhatipun. Mangsuli bab anggèn kula nanêm pare ing lêngkang, sarêng sêkar lajêng mêdal pêntilipun, lajêng andadosakên muringipun kônca èstri jalaran uwohipun sanès pare, jêbul dados ce-

--- 673 ---

[Grafik]

me, mila saprepetan godhong lan isinipun mèmpêr kalihan pare, mila anggèn kula nanêm punika botên malihan, pancèn klèntu wiwit tumbasipun wiji sampun klèntu wiji ceme. Sangking muringipun kônca batih witipun badhe kababad, lajêng kula pênging: aja ta aja, lah êmbok iya bèn ta, barang ora ngewuh-ewuhi we kok ribut, rak iya diantèkake dhisik. Sarêng sampun watawis sadasa dintên pêntilipun sampun agêng, panjangipun wontên satunggal satêngah kaki, agêngipun watawis sakempol, mila sangêt anggumunakên, sabab ceme punika adhakanipun namung katanêm ing siti parêdèn, tur botên dipun anjang-anjangi, namung dipun uja klalaran wontên ing siti, mila uwohipun namung alit-alit, tur cêlak-cêlak, lajêng kônca èstri nyobi mêndhêt satunggal, kangge ampas kêlan loncom, sarêng kula nêdha jangan punika wau, nyapa: êmbokne la êndi iwake? Jalaran janganipun anglisah tur mambêt gajih ulam. Lajêng kônca batih mangsuli kalihan kagèt: iwak apa jare, gene wis pirang-pirang dina ora tuku iwak. Dados têtela ingkang gadhah raos kados gajih utawi nglisah punika, ceme punika wau. Lajêng sanès dintên malih kônca batih nyobi kangge kêlan sambêl gorèng, wah, raosipun tansaya katog, dipun sêmur inggih nyamlêng sangêt. Langkung-langkung dipun ocal kalihan ulam, lajêng raosipun eca kaping kalih, dados linton daya, linton guna, ulamipun dados ceme, cemenipun dados ulam, mila kula lajêng sok ngece kônca batih: ta andèkne ora nèk dikandhani ki sok ngikil, barêng wêruh rasane banjur kabelan, mulane aja sok muring-muring dhisik mas. Sarêng tôngga têpalih sami sumêrêp rupinipun lan raosipun, lajêng sami tiru nanêm wontên ing pakêbonanipun, ceme punika kajawi wohipun, dalasan ujunganipun kemawon dipun angge kêlan inggih eca, mila kangge tanêman wontên pakêbonan lumayan sangêt, kenging kangge ambal bêtahing pawon, jalaran uwohipun tanpa kêndhat, môngka purun umur ngantos satunggal taun, mangke tirahipun katêdha lajêng dhatêng pundi purugipun, harak dipun sade dhatêng pêkên. Môngga sadhèrèk ingkang sami kagungan pakarangan taksih bêra, mugi katanêmana ceme utawi bêstru (kacur).

Siswamiharja.

--- 674 ---

Panggulawênthah

Mrihatosakên Putra

Sampun jamak limrahipun sintên ingkang sampun ginadhuhan momongan (putra), raosing manah bingah sangêt, suka sukur ing Pangeran, dene pinaringan momongan ingkang badhe nyambêti lêlampahanipun. Langkung malih manawi putra wau walagang, bagas kasarasan, tanpa sakara-kara ngantos wanci dêmolan, saking bingahipun ngantos anjagi sampun ngantos putranipun kagol.

Kados punapa prihatosipun yayah rena, manawi putranipun kaparag ing sakit, anggènipun ihtiyar pados jampi, sanajan kanthi wragad, botên ketang-ketang, saugi sagêd maluyakakên putra. Yèn cara padhusunan utawi ing parêdèn (kabêkta saking dèrèng mangêrtos utawi pancèn kirang pitados dhatêng dhoktêr, dhukun pundi kemawon dipun srayani). Manawi sakitipun dados lantaran ajaling putranipun, saking sangêting prihatos, ngantos kêkitrang kadyangganing babon ingkang kecalan anak, labêt kasambêr ing wulung. Têrkadhang ngewahakên jêjêging pikiran, sangsaya putra dinama-dama dhasar amung putra sapele.

Mênggah sajatosipun para sêpuh mrihatosakên putra punika, botên kok namung manawi kataman ing sêsakit kemawon. Sanadyan putra bagas kasarasan, salêbêtipun sênêng marêm nyawang anak, nanging ing batos ngraosakên prihatos. Ngulir nalar pados rekadaya, kadospundi sagêdipun anak sampun ngantos dados mêngsahipun tiyang sêpuh, kados ingkang sampun kêrêp dipun sumêrêpi. Tiyang sêpuh sisah sangêt, labêt saking pokalipun anak. Tarkadhang ngênês, utawi wêntala nyebratakên putra. Têtêp anak anggadho atine wong tuwa.

Para sêpuh ingkang mrihatosakên badhe kêdadosanipun putra ing têmbenipun, punika wiwit putra cêmlewo, sampun ambêtahakên panggulawênthah sagêdipun putra sampun kenging rubeda lampahipun anggène ngudi jangkanipun yayah rena dalah putranipun. (awit limrah tiyang punika ênèm sêpuh dalah lare pisan, sami nyirik dhatêng cilakanipun ngagêsang inggih punika, nglampahi kamlaratan).

Sok ngatêna ingkang nama mrihatosakên putra punika, nindakakên panggulawênthah dhatêng putra sagêdipun nêngênakên lampah ingkang kanthi tatakrama. Lakar inggih makatên. Dados têrang para sêpuh ingkang sêpên raos anggulawênthah putra punika têtêp badhe mijèni parapabênipun yayah rena lêlawanan kalihan putra piyambak. Dene kêlacutipun manawi dipun têtah para sadhèrèk, klèntuning panggulawênthah, inggih kirig-kirig nyelaki, tarkadhang dados sêrêngipun, kawêdhar ginêmipun: bocah dinak-nakke ora ngrumangsani, digêdhèkake nganti sêmono, pamalêse nyang wong tuwa yèn dikandhani utawa dikongkon, wani ngêmprêti, kurang ajar, besuk tuwa manèh bisaa nyuwargakake [nyuwar...]

--- 675 ---

[...gakake] wong tuwa. Lho, rak mêsakakên para sêpuh ingkang makatên punika, kajawi rumaos kuwasa, ngawontênakên anak, rak sawênang-wênang anggarap gadhahanipun piyambak, tur lajêng botên sumêrêp ing wirang isin. Sangsaya anakipun, jangji ingkang nyawang gadhah raos (ngèlmu panggulawênthah) tumut ngêrês manahipun. Sêpuh ingkang makatên punika, nêtêpi ungêl-ungêlan: sêpuh sêpa sêpi sêpahan samun. Têgêsipun lêrês sêpuh nanging sêpa ginêmipun, jalaran sêpi ing panggulawênthah (botên gadhah prihatos) sêpahan samun, punika kacihna tilasanipun, (sêpahan) nalika nèmipun inggih samun (sêpên) ing panggulawênthah (anggêga kajêngipun piyambak), yèn wontên ingkang anjêlir-anjêlirakên, malah sok dipun jawab, tur sajawab-jawabipun sajak ngece. Cobi kula larasipun. Lah, kula dèrèng nate mangan sêkolahan, kalihan malih, anak kula niku pancèn lare nakal. Upami bisa olèh sèrtipikat, tur sagêd dados priyayi (cêkêl gawe) sêg dadi carik desa mawon, pun lali têng wong tuwa. Lho, rak malah panjang-panjang. Suprandosipun, asring criyos mrihatosakên anak, nanging manawi pados bêtah, kangge garan supados angsal. Sanadyan badhe kangge piyambak. Mila prayoga sampun kêrêp-kêrêp sêsrawungan kalihan brayatan ingkang makatên punika, mindhak nulari dhatêng kukuban panjênêngan piyambak. Dene manawi kêpèpèt, têtanggan sarta sêtêngah kuwajiban, panjênêngan kula aturi nyinau rumiyin, sagêdipun dipun gêga manawi ngèngêtakên.

Barèsipun ingkang kasinungan raos panggulawênthahing putra, punika botên ngêmungakên para sêpuh angsal wulangan saking sêkolahan. Tênèh jamanipun dèrèng mratah wontênipun sêkolahan, sami sêpên panggulawênthah.

[Grafik]

Radèn Sumantri

Môngka jaman wingi-wingi inggih sampun tumindak, namung kemawon cacahipun ingkang mrihatosakên (anggulawênthah) putra, yèn katandhing jiwanipun, kontit. Jalaran kêtungkul ing kasênêngan, dhasar sarwa mirah kabêtahanipun ngagêsang, sangsaya ingkang gadhah panguwaos (priyantun). Dene ingkang nindakakên wau kêjawi ingkang mêmpêng sangêt, inggih ingkang pinuju apês gêsangipun.

Kanggenipun sapunika ingkang sami mrihatosakên dadosipun putra ing têmbenipun:

Ha. Golongan ingkang pancèn sampun tinarbuka [tinarbu...]

--- 676 ---

[...ka] saha kasêmbadan, rèhning rumaos botên gadhah wêkdal kangge ngawat-awati putra (kathah pêdamêlanipun, pancèn jamanipun kêdah tumandang damêl), putra wiwit umur 5 taun, tarkadhang kirang sampun kapêthal, kapasrahakên dhatêng juru ngopèni lare (ingkang kathah bôngsa Walandi). Salajêngipun ngantos sêkolah, wangsulipun sampun angsal diplomah trus nindakakên padamêlan.

Na. Ingkang rumaos kirang santosa mragadi, dipun wêngku piyambak, sanajan badanipun piyambak sarwa-sarwi cumpèn, nanging jangji putra sagêd kalampahan sêkolah kanthi cêkap ubarampenipun, sampun narimah, idhêp-idhêp manjing tirakatipun. Dene botênipun sagêd mêngkoni, kabêkta saking papan padamêlanipun, lajêng dipun ungsêl-ungsêlakên pondhokan kanthi bayar têdha samurwatipun.

Ca. Têrkadhang anak dipun ngèngèrakên (dipun titipakên) dhatêng priyantun ingkang sakintên sagêd nulungi dadosipun anak.

Tuwin sapanunggilanipun ingkang tumuju anggulawênthah lair batosipun. Lair anjagi sêgêr kuwarasaning badan, batosipun anjagi supados kathah ing kasagêdan utawi kawruhipun. Mila mratahipun sêkolahan ingkang ngantos mapan ing padhusunan saha parêdèn punika, ingkang kathah-kathah muridipun ingkang junjung ugi lare-lare ingkang pancèn dipun rêmbagi tiyang sêpuhipun. Dados têrang sanadyana sadhèrèk ing parêdèn saha padhusunan, ingkang baku gadhah raos mrihatosakên anak, dados lan bingahipun, dene ing sacêlakipun wontên pamulangan. Ing pangangkah sanadyana lare ngrêdi utawi lare dhusun ugi gadhah kasagêdan saking pamulangan. Tiyanga tani sapanunggilanipun ingkang asli dhusun tuwin parêdèn, ingkang sampun tamatan saking pamulangan, wujudipun saha solahbawa sarta ginêmipun botên beda kalihan lare kitha (nagari). Dene yèn katandhing kalihan tangganipun ingkang botên sêkolah wujudipun prasasat Radèn Sumantri kalihan Sukasrana. Mila wontênipun pamulangan, têtêp: kudhi pacul singa landhêpa. Têgêsipun, sanajan lare ngrêdi nanging pêngpêngan sakolahipun. Damêl ebahing manahipun lare kitha, tarkadhang ngucêmakên, katitik manawi sami sêsarêngan nêmpuh iksamên.

Tutuping atur kula, sumôngga para sêpuhipun putra, sampun ngantos kêmba anggèn panjênêngan mrihatosakên putra ingkang sajatos, jêr sampun kuwajiban panjênêngan. Minôngka papèngêt kula laras sêkar makatên: rarasing sinom dèn tata / sugyating tyas mêsu budi / mardawanirèng agêsang / jamaking pra wrêdha sami / ingkang samya ambudi / gêgulang thukuling tuwuh / nungkulkên gung kasukan / kinarya ngantêpkên kapti / dul-wadule yèn tinanya ajar tuwa //

Taklim kula, Gêmbor Gunungkidul.

--- 677 ---

Cariyos Warni-warni

Tirakat

Tumraping bôngsa Jawi ingkang taksih nyokot sangêt dhatêng kajawènipun, bab riyalat punika têsih dipun têngênakên sangêt, ing ngriki angrêmbag bab riyalat, riyalat punika namaning satunggiling lêlampahan ingkang botên sok tiyang kaconggah nindakakên, dene panunggilanipun têmbung: tirakat. Riyalat utawi tirakat wau botên magêpokan kalihan babagan agami.

Ing sawênèhing tiyang ingkang nindakakên lampah riyalat wau sok kathah ingkang kalèntu ing panganggêp, dhokipun dhatêng anggêp gugon tuhon, têrangipun makatên: kulinanipun tiyang nglampahi riyalat punika manggèn wontên pakuburan, sangandhaping kajêng agêng, candhi-candhi, sela agêng tuwin sapanunggilanipun, môngka tumindakipun wau kanthi dipun sranani lampah ngêngirangi nêdha utawi tilêm, anandukakên kalêpasaning pambudi, pramila inggih sok katurutan punapa ingkang kaèsthi, kados ta: kêpengin sugih (kados cariyos ing buku Sarimulya wêdalan Bale Pustaka), kêpengin mindhak pangkat, laris sadeanipun, kêpengin angsal bojo ayu tuwin sapanunggilanipun, kalêksanan. Ingkang makatên wau sok kaanggêp manawi ingkang sagêd anuruti panêdhanipun punika ingkang ambaurêksa kuburan, kajêng agêng utawi candhi wau. Pramila panggenan ingkang kangge papan tirakat wau lajêng pinuja-puja, pinundhi-pundhi, saking tumularing pawartos lajêng kawastanan pundhèn. Rèhne sampun nate nuruti panêdhanipun tiyang tirakat ing ngriku, sabên dintên Sênèn utawi Jumuwah Lêgi, cêkakipun sabên dintên ingkang katamtokakên asring dipun wilujêngi tuwin dipun kurbani potong gurung menda utawi lêmbu, apêsipun ayam. Lo ingkang makatên punika rak nama ambucal bôndha ingkang tanpa tônja, têmah anambahi kaborosan.

[Grafik]

Lawanging guwa panggenanipun tiyang nêja tirakat.

Môngka ingatasipun tiyang Jawi bab tirakat punika pancèn taksih limrah katindakakên, dados botên ambucal dhatêng namaning Jawi. Dhasar wiwit kina-makina bab punika dipun têngênakên sayêktos, kaupamèkakên minôngka piranti panggrendaning manah. Nyatanipun sadhengah tiyang ingkang karêm ngêngirangi nêdha tuwin tilêm sagêd wêning budinipun, padhang manahipun, mênêp pikiranipun. Wêninging pambudi saha mênêping pikiran wau anjalari widadaning sêdya, widadaning sêdya angawontênakên punapa ingkang kacipta. [kaci...]

--- 678 ---

[...pta.] Mirid wêwarahipun para luhur ing kawruh marahakên manawi cipta punika gumana (maujud), dados yèn makatêna tiyang tirakat lajêng katurutan pikajênganipun wau têrang bilih botên kok saking pikantuk parmaning kiyai setan utawi dhêmit ingkang ambaurêksa kajêng tuwin candhi, ananging saking kamurahaning Pangeran ingkang sajati. Pramila botên prêlu ingatasipun tiyang tirakat lajêng dumunung sangandhaping kajêng agêng utawi pakuburan ingkang kêtêl rungkut cêpak ing kacilakan saha anggugu barang ingkang botên thuk-pinêthuk ing akal, punapa malih ambucal sakathahing bôndha ingkang kirang tumônja wau.

Minôngka panutuping karangan punika kula botên kok mêmancah utawi nyênyampahi dhatêng para ingkang ahli tirakat, ngluhurakên panêpèn utawi pundhèn, jêr prakawis punika gumantung ing tekadipun piyambak-piyambak, èsthining manah kula muhung tumut angrêksa kawilujêngan, sagêda anêbihi watak gugon tuhon saha nuwak lampah kaborosan. Awit tuwuhing gagasan kula ingkang makatên punika sangêt tarênyuh ing manah dene kula asring mirêng pawartos wontên sawênèhing tiyang nêdya tirakat dhatêng rêdi tuwin wana-wana satêmah manggih kacilakan ing purug. Wasana para nupiksa mugi angrêntahna sagunging samodra pangaksama dhatêng:

Pun Nirrasa ing Tumpang

Anggung ngèsthi karsaa angrênggani.§ Karangan ing nginggil punika pikajêngipun: angaturi pèngêt dhatêng para maos, langkung malih dhatêng para ahli tirakat, sampun ngantos kalintu sêrêp utawi kalintu ing panganggêp, ingkang jogipun dhatêng gugon tuhon tuwin sampun ngantos ambucal bôndha ingkang tanpa tônja. Sampun tamtu kemawon pêpèngêt punika namung tumrap dhatêng para sadhèrèk ingkang taksih cotho ing budi, sagêda angsal pêpadhang sawêtawis, ingatasipun bab lampah tirakat. Red.

Jagading Sato Kewan

Pêksi Suwari

Pêksi punika limrah dados kasênênganing tiyang, wontên ingkang dipun pêndhêt saking ungêlipun, kados ta kutut, putêr, blastêr, dêrkuku tuwin sanès-sanèsipun, punika panitiking awon sae mêndhêt saking swara, awit awon saening swaranipun sagêd angindhakakên rêgi. Wontên ingkang mêndhêt saking saening warni tuwin ocehanipun, kados ta pêksi nori, bayan, podhang tuwin sanès-sanèsipun. Pêksi sadaya wau limrahipun sami dipun dèkèk ing sêngkêran.

Limrahipun ing tanah Jawi, pêksi punika agêng-agêngipun: gagak, wolung, nanging tumrapipun ing tanah sabrang, pêksi ingkang agêng punika warni-warni. Kacariyos ing tanah Aprikah wontên pêksi agêng, ingkang dipun wastani pêksi unta, wontênipun dipun wastani makatên wau bokmanawi saking kapiridakên agêng saha inggiling pêksi, [pê...]

--- 679 ---

[...ksi,] makatên malih pêksi wau manggènipun wontên ing sagantên wêdhi. Dene pêksi wau ingkang dipun pilaga wulunipun. Tumrap ing tanah Jawi ngriki taksih awis ingkang sumêrêp, limrahipun namung wulunipun ingkang kêlimrah kangge bulu-bulu.

Dene pêksi agêng ingkang sampun kasumêrêpan wontên ing tanah Jawi ngriki, ingkang kathah pêksi suwari, dene pinangkanipun saking tanah Papuah. Mila ing ngriki prêlu kacariyosakên sakêdhik, mênggah kawontênanipun pêksi wau.

[Grafik]

Pêksi suwari jalêr èstri saha piyikipun.

Pêksi suwari punika ingkang agêng, katogipun sagêd ngantos sapêdhèt, inggilipun ugi samantên, ingkang sampun warog, wulunipun cêmêng, kados bobat kakên, ing sirah kados mawi cènggèr, ing dhadha wontên gandhul-gandhul kados gajih kêthukulan wulu panjang ugi kados bobat. Dene ingkang èstri beda sakêdhik, cêmêngipun kirang utawi ragi alit.

Pêksi wau kêtingal buntut kemawon, nanging sajatosipun kêsit, manawi wontên ing wana kêtingalipun namung kados ayam saba, nanging manawi kasumêrêpan ing tiyang lajêng lumajêng, plajêngipun rikat sangêt, mila awis sangêt tiyang sagêd nyêpêng pêksi suwari agêng taksih gêsang-gêsangan, kajawi kêsit, pêksi wau ugi rosa sangêt, tuwin nyamari. Dene ingkang nyamari punika manawi anjêjak, tiyang manawi kêjêjak tamtu katiwasan. Ingkang dados têngêranipun manawi nêpsu, pêksi wau lajêng kêtingal lincik-lincik kalihan ambêkos, anggènipun lincik-lincik wau sajatosipun badhe ngancang-ancangi. Manawi sampun makatên punika tiyang kêdah prayitna, sarta manawi badhe dipun sanjata sampun saking ngajêng, awit ing dhadha wontên balungipun ingkang santosa sangêt, manawi mimis awon-awonan kemawon, dèrèng tamtu sagêd pêjah.

Tiyang ingkang sagêd angsal pêksi suwari gêsang punika namung manawi nuju sagêd nyêpêng ingkang taksih alit, awit manawi ingkang taksih alit, punika janji kenging dipun jegal, lajêng dhawah, gampil lajêng dipun srimpung.

Manawi botên sagêd angsal ingkang alit,

--- 680 ---

inggih pados tiganipun, dipun têtêsakên piyambak. Tigan wau agêngipun kalih tigan banyak, pating trutul ijêm, cangkangipun kandêl. Dene caranipun nêtêsakên makatên: tigan wau dipun buntêl ing gombalan lajêng dipun dèkèk ing sacêlaking pawon, namung mêndhêt angsal hawa angêt, sarta kêdah tlatos ngingar-ngingêr, murih sagêd kawradinan hawa bêntèr. Patrap makatên punika kêdah dipun tindakakên ngantos lami, mangke manawi dumugi wancining nêtês, tigan wau lajêng anjêblug mêdal piyikipun, agêngipun sampun sami kalihan ayam kêmanggang, wujudipun jêne lorèk-lorèk, kenging dipun têdhani uwos.

Salugunipun pêksi suwari punika pakanipun gampil sangêt, punapa kemawon purun nêdha, malah manawi sampun agêng, manawi nuju kêluwèn purun nguntali sela.

Pêksi suwari manawi taksih alit kenging dipun umbar kemawon, nanging manawi sampun ragi agêng kêdah dipun dèkèk ing kandhang, awit nyamari, sumêrêp punapa-punapa lajêng dipun untal. Saya manawi sampun birai, asring nêndhangi punapa-punapa.

Mênggah pêksi suwari punika limrahipun botên dados ingah-ingahanipun tiyang limrah, kajawi namung dados ingah-ingahan wontên ing kêbon binatang tuwin dados ingah-ingahanipun tiyang sugih, awit mênggah damêlipun botên wontên tuwin botên ngêdalakên nipkah, salugu namung dados sawangan tuwin anèh-anèhan.

Sela Dhukun

[Grafik]

Gambar punika amratelakakên mênggah kawontênanipun sela dhukun, ingkang pinundhi-pundhi saha panggenan kangge milujêngi brama, wontên ing sacêlakipun Cêmara Lawang, Ngadisari.

--- 681 ---

Jagading Wanita

Pakêmpalan Pangasah Budi

Ing Kajawèn ngriki kados sampun asring ngêwrat karangan bab kamajênganipun wanita Jawi. Sanadyan kamajênganipun wau dèrèng sagêd anyamèni dhatêng para wanita bôngsa kilenan, ananging nitik kawontênanipun samangke punika, kados sampun kanyataan, bilih para wanita botên sami purun kantun dhatêng para priya, tôndha yêktinipun: ing pamulangan punapa kemawon ing tanah Jawi ngriki, kenging katamtokakên mêsthi wontên muridipun èstri, kajawi ta ing pamulangan-pamulangan ingkang lugu namung tumrap murid jalêr kemawon. Kajawi punika ugi sagêd katitik saking tuwuhing pakêmpalan wanita warni-warni, ingkang sêdyanipun maligi namung badhe angajêngakên warganipun miturut jamanipun, kados ta: pakêmpalan Wanita Utama ing Ngayogyakarta, Rukun Wanodya ing Batawi, lan taksih kathah malih tunggilipun. Bab kawontênanipun pakêmpalan Wanita Utama, ing Ngayogyakarta sampun marambah-rambah kawêdharakên wontên ing udyana Kajawèn ngriki, bab kawontênaning pakêmpalan Rukun Wanodya ing Batawi, sanès dintên badhe kaandharakên sawatawis. Dene ingkang karêmbag wontên ngriki samangke, inggih punika pakêmpalan wanita ing Batawi, ingkang kawastanan: Pangasah Budi.

[Grafik]

Para wanita liding pakêmpalan Pêngasah Budi, pimpinanipun Radèn Ayu Sutinah.

Mênggah adêging pakêmpalan kasbut nginggil, punika kirang langkung sawêg wontên 6 utawi 7 wulan.

--- 682 ---

Ing sakawit ingkang gadhah ada-ada angadêgakên pakêmpalan wau, inggih punika: Radèn Ajêng Sutinah, klèrêk ing kantor Bale Pustaka Wèltêprèdhên. Dene sêdyanipun pakêmpalan Pangasah Budi, punika kados sampun cêtha saking têgêsing têmbung, inggih punika: anglêlantih budinipun. Ingkang makatên wau amila kapara nyata, amargi para warganing pakêmpalan wau tansah ambudidaya tuwin anyinau kagunan warni-warni, ingkang migunani tumrap kaprêluwaning para wanita, kados ta: padamêlan tangan, upaminipun kemawon: nyulam, ngrenda lan sasaminipun, tuwin anyinau adamêl pangangge modhèl-modhèl.

[Grafik]

Sêkar-sêkaran minôngka gumbiraning manah ingkang kapitontonakên sêtèlêngan Pêngasah Budi.

Malah dèrèng dangu punika pakêmpalan mitongtonakên angsal-angsalaning pandamêlanipun para warga wontên ing griya pakêmpalaning para mudha Indhonesiah ing Kramat, Wèltêprèdhên. Miturut pawartos, angsal-angsalanipun sae sangêt, lan 25% saking angsal-angsalaning panyadenipun sêkar-sêkaran damêlaning para warganipun, punika kadarmakakên dhatêng sêtudhèn tênpon.

Sanadyan pakêmpalan wau umuruipun prasasat kenging dipun samèkakên kalihan umuripun jagung, saking kêncênging manah saha iyêging para panuntun tuwin para warganipun, sampun sagêd mitongtonakên angsal-angsalaning pandamêlanipun ingkang sae saha èdi-èdi wau dhatêng tiyang kathah, tuwin sampun sagêd mêthik wohipun.

Ingkang punika Kajawèn tansah amêmuji, mugi-mugi pakêmpalan Pangasah Budi sagêda widada ing salajêngipun, saha amêwahana kamajênganipun para wanita Jawi, punapa malih amêwahana tata raharjaning jaman.

--- 683 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Bab Priyayi

Petruk : Ora Kang Garèng, mara aku critanana, mungguhing têmbung priyayi. Kuwi panêmuku kalane isih cilik karo barêng gêdhe tuwa kiyi, têka beda têmên. Nalikane aku isih cilik, rumasaku wong dadi priyayi kuwi kangelan bangêt, barêng aku gêdhe tuwa kiyi, dadi priyayi sajake têka kêpenak têmên. Tandhane bae, nalika aku isih cilik manawa kabênêr anjajan ana ing dalan, banjur bae ana sing ngunèni: Ih, anak priyayi kathik ngiras ana ing dalan, têka ora wêruh saru têmên, utawa nèk aku penekan, jarene: anak priyayi kathik trincak-trincik penekan, têka ora beda karo bocah urakan. Cêkake ora kêna nglakoni kliru sathithik, mêsthi banjur diundhat-undhat anggone dadi anak priyayi. Kang mangkono mau aku banjur anduwèni gagasan, yèn wong dadi priyayi kuwi pancèn iya abot têmênan. Ananging barêng aku tuwa kiyi, têka banjur malih babarpisan panêmuku mau, awit apa bae sing ginagas kapenak, brêgas, lan sapadhane, têka dadi duwèking priyayi, kaya ta: turu awan, jarene: wong priyayi, mangan nganggo sendhok porok, iya: wong priyayi, dalasan sugih utang bae, jarene iya: wong priyayi. Hara, apa ora rusak nyang pikir kaya mangkono kuwi, mulane critakna nyang aku, mungguh sing diarani priyayi kuwi apa.

[Grafik]

Garèng : Wiyah, kowe mono, ana bae sing tansah kok canthulani. Mungguh sanyatane tumrape jaman saiki, nèk rumasaku, sing kêna diarani: priyayi, kuwi têlung rupa, yaiku 1e para sing kawisudha dening pamarentah katêtêpake dadi priyayine, kuwi kabèh jênêng priyayi. 2e Para trahing luhur, lan 3e sadhengah uwong kang anduwèni wêwatêkan priyayi.

Petruk : Mêngko sik, Rèng, sadurunge aku pitakon ing bab-bab kang gêgayutan karo calathumu mêntas kiyi, aku arêp takon dhisik, sababe apa, kok ditêmbungake: priyayi, têka ora anjukuk têmbung liya-liyane bae, kaya ta: sêmayi upamane.

Garèng : Hus, kurang ajar, nèk sêmayi kuwi rak bangsaning enak-enakan, yaiku bangsaning gêmbrot, sing dielingi kok mung bangsaning untal-untalan bae. Anane têmbung priyayi, kuwi aku dhewe sabênêre ora pati ngrêti, sabab rupa-rupa kang padha anjarwani. Ana sawênèh sing duwèni panêmu, kang aku ora pati mathuk, mangkene :

--- 684 ---

jarene têmbung priyayi utawa prayayi, kuwi saka pra = pro = voor = ngarêp, lan yayin (Sanskrita: yayin) kang anduwèni laku, saka wod ya = malaku. Dadi priyayi kuwi surasane: kang anduwèni laku ing ngarêp, yaiku panuntun.

Petruk : Nèk rumasaku, surasa kang mangkono kuwi kok rada mathuk, mula iya mangkono priyayi kuwi tansah didadèkake pangarêp, aku dhewe kêrêp mênangi, apa manèh nèk kabênêr panggonane lurah bawahe, nèk ana tayuban, mêsthi olèh sampur dhisik dhewe.

Garèng : Lho, kok banjur salah wèsêl. Sing diarani dadi pangarêp, kuwi ora kok banjur kalane ana tayuban, ananging sing dikarêpake mangkene: samôngsa ana kasusahane utawa ruwêt rêntênging bawahe, iya priyayi kuwi sing wajib amikir lan dadi wêwakile, supaya bisa gawe slamête.

Petruk : E, hla, dadi klèru diwôngsa aku kiyi mau, dak arani nèk kabênêr ana ing sênêng-sênêng priyayi kudu tansah ana ing ngarêp, kaya ta: ana ing tayuban ngibinge dhisik dhewe, nèk kabênêr gêndhurèn, dilungguhake ana ing ngarêp dhewe aliyas ana ngisor talang, jêbul-jêbul nèk ana rêkasane iya kudu mangarêpi. Yak, iya ora kêpenak dadi priyayi kuwi, dhing.

Garèng : E, la iya dhinês, nèk pancèn miturut apa mêsthine wong dadi priyayi kuwi mula iya abot, amarga pamarentah nganakake priyayi, prêlune kanggo angrêksa utawa anyumurupi apa sing dadi kaprêluwane wong cilik, kang padha wajib diadili, dadi ora kaya paribasan saiki: wong cilik kanggo kaprêluwane wadana, nanging priyayi kang kanggo kaprêluwane wong cilik.

Petruk : Nèk mangkono, upamane ana priyayi ngêdir-êdirake kaluhurane, kuwi iya ora apik bangêt.

Garèng : Nèk jênêng ngêdir-êdirake, pancèn iya ora apik, amarga sawijining titahing Pangeran, kuwi kudu tansah ngèlingi, yèn sakabèhing kaluhuran, kasugihan, kamuktèn, lan sapadhane, kuwi mung ginadhuhake bae marang manusa, dadi karêpe: nèk ora kabênêran, sok bisa dijabêl marang sing Kuwasa manèh. Padha bae karo bubul sing digadhuhake nyang kowe, sanajan kok eman dikayangapa, iya bi...

Petruk : Kurang a...jar, wadi nguwong kathik disorahake. Ora Rèng, nèk aku kok ora mathuk dhing kambi omongmu kiyi, sabab nèk priyayi kuwi ora banjur nêtêpi kaluhurane, wis tamtu bakal rê...muk: jalaran wong bawahe iya banjur ngrèmèhake karo prentahe.

Garèng : Lho, salah wèsêl manèh, sing tak arani ora bêcik mau rak anggone ngêdir-êdirake kaluhurane, nèk nêtêpi kaluhurane kuwi wis dadi kuwajibaning priyayi. Dadi priyayi kudu ambêg luhur. Dene kang diarani ambêg luhur [lu...]

--- 685 ---

[...hur] kuwi tumraping priyayi, mangkene têrange: aja watêk nistha, mundhak diina. Aja ladak, mundhak ditêrak. Aja bêngis, mundhak kengis. Aja kêndho, mundhak dibêbodho. Aja gumluwèh, mundhak kawêlèh, lan sapiturute. Cêkake ambêg luhur kuwi laku kang ngati-ati bangêt, mula sabênêre pancèn dadi wajibing priyayi. (Badhe kasambêtan)

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Korèspondhèn Kajawèn suka pawartos kados ing ngandhap punika: benjing tanggal kaping 24-28 wulan Juni ngajêng punika, pakêmpalan Yong Yapa bagian padpindhêr pang Surakarta, badhe angwontênakên konggrès agêng manggèn ing kitha Surakarta. Programah lampah-lampah sapunika sawêg karancang.

Rawuhipun kangjêng tuwan ingkang wicaksana gupêrnur jendral ing Surakarta benjing tanggal kaping 21 Mèi punika, ugi badhe têdhak dhatêng Klathèn miyos Kartasura, parlu mariksa barang-barang utawi yêyasan ingkang wigatos tumrap ing apdhèling Klathèn. Wêkdal punika para punggawa paprentahan ngriku sampun iyêg wiwit anindakakên padamêlan wajibipun piyambak, nata pêpasrèn ing margi-margi sapanunggilanipun ingkang minôngka badhe kangge pahargyan.

Tuwan H. Sutadi up rêdhaktur sêrat kabar Darmakôndha ing Surakarta, wiwit tanggal sapisan Mèi punika lèrèh saking padamêlanipun ngêmudhèni sêrat kabar wau, amargi parlu nindakakên padamêlan tumrap kuwajibanipun lid polêk rad. Gêgayutan kalihan padamêlan lid polêk rad wau salêbêtipun pitung wulanan ingkang badhe kalampahan, Tuwan H. Sutadi badhe manggèn wontên ing Batawi lajêngan. Wondene ingkang nindakakên padamêlan up rêdhaktur sêrat kabar wau, sapunika R.M. Sudarya Cakrasiswara sawêg dumunung wakil.

Nalika malêm Akat tanggal kaping 28 April kapêngkêr punika, bêbadan komite pênulung banjir bawah Mangkunagaran, angwontênakên têtingalan bêksan Jawi warni-warni, manggèn ing pandhapi kabupatèn Wanagiri mawi mupu bayaran, angsal-angsalanipun yatra saking para ningali badhe kadarmakakên dhatêng kasangsaran banjir ing bawah Mangkunagaran.

Wiwit parentah nagari Mangkunagaran angwontênakên lêmbu-lêmbu pamacêk tanah Bênggala, kagadhuh-gadhuhakên dhatêng kapala dhusun ing sabawah apdhèling Wanagiri, sapriki sawêg sawatawis taun laminipun, sampun sagêd ngêdalakên asil kathah tumrap dhatêng têtiyang tani ingkang gadhah lêmbu èstri Jawi sami kapatilakên dhatêng lêmbu pamacêk wau, turunipun sagêd mindhak dados rêgi awis bilih kasade. Pêpandhinganipun upami lêmbu Jawi namung rêgi 25 nyêngkanipun 30 rupiyah, bilih turunan saking lêmbalêmbu. pamacêk wau sagêd pajêng 40 dumugi 50 rupiyah.

Kas dhusun ing apdhèling Klathèn, punika sami-sami apdhèling, tumrap nagari Surakarta kapetang agêng piyambak, kawarti ngantos atusan èwu gunggung kêmpalipun, nanging pangagênging parentah ngriku dèrèng wontên panggalihan angwontênakên lêmbu-lêmbu pamacêk ing dhusun-dhusn, mênggah dipun wontênana têmtu sagêd murakabi ugi dhatêng têtiyang tani wawêngkonipun apdhèling ngriku, amargi wontênipun lêmbu-lêmbu Jawi ing apdhèling Klathèn katingal kathah katimbang ing bawah Wanagiri.

Kala dipun wontênakên eksamên ingkang pungkasan ing pamulangan P.J.S. ing Ngayogyakarta, ingkang sami tumut anêmpuh eksamên wau sadaya wontên murid 19 antawisipun lare samantên wau ingkang angsal eksamênipun wontên lare 16, dene murid pribumi ingkang mênang eksamênipun inggih punika: tumrap Bouwkunde Sudada. Tumrap Waterbouwkunde 1 Radèn Paraton, 2. Parimin, 3. Radèn Parduli, 4. Mas Itaya, 5. Samud, 6. Mas Sutarsa, 7. Nyaman, 8. Suamuji, lan 9. Sumadi. Anggènipun anampèkakên dhiplomanipun kadhawahakên ing tanggal 5 wulan punika, jam 10 enjing.

Pakêmpalan P.N.I. (Perserikatan Nationaal Indonisia) apdhèling Mataram ing Ngayogyakarta, ingkang dipun pangarsani dening Mr. Suyuni, nalika ngawontênakên parêpatan ingkang kantun punika, sampun adamêl karampungan badhe ambikak satunggiling kursus tumrap warganipun, botên watawis dangu malih pakêmpalan wau badhe ngêdalakên kalawarti.

Sêrat kabar A.I.D. martosakên: ing siti ingkang dipun kintên mêdal lisahipun, gadhahaning Koloniale Petroleum Mij. ing Palembang, sampun kapêndhakan wontên tukipun lisah patra, ingkang sadintên sadalunipun sagêd ngêdalakên lisah 1000 ton.

--- 686 ---

Wontên kabar, bilih Radèn Jayaarjasa, abdi dalêm wadana ing kasultanan Ngayogyakarta kangge sawatawis môngsa, samangke kawisudha dados wadana pulisi ing Ngayogyakarta.

Kala dintên Sênèn ingkang kapêngkêr punika, ing sacêlakipun Sêtoplas, Cibuwa, wontên tiyang èstri sêpuh, ingkang kalêrês lumampah ing sauruting margi sêpur, kêplindhês ing sêpur ingkang dhatêng saking Labuwan. Tiyang èstri wau sanalika punika pêjah.

Saking pambudidayanipun para pangrèhing pakêmpalan: Rukun Sundha ing Wèltêprèdhên, botên dangu malih, inggih punika kintên-kintên tanggal 1 Juli ngajêng punika, pakêmpalan badhe angadêgakên pamulangan H.I.S. mawi dhêdhasar Koran. Kangge sawatawis môngsa dununging pamulangan wau wontên ing Kramat Pulo.

Lulus eksamênipun tumrap kandhidhat bagian ingkang kaping kalih ing pamulangan hakim luhur ing Batawi: Tuwan Jayadiguna.

Sêrat kabar A.I.D. amartosakên, bilih salêbêtipun wulan punika rêsèrsê candu angsal kauntungan agêng, awit sagêd ngrampas candu kathahipun satunggal ton. Samangke ing pakaryan wau dipun wontênakên pranatan enggal ingkang langkung sêtiti tinimbang ingkang sampun-sampun.

Kala tanggal 3 Mèi ingkang kapêngkêr punika, ing Bandhung wontên los wadhah kênini gadhahanipun ondhêrnèmêng Gunungkasur, kabêsmi ngantos têlas, dene karugianipun langkung saking 12000.

Sêrat kabar A.I.D. martosakên saking Bandhung, bilih angsal-angsalaning arta darma tumrap têtiyang wuta ing Indhonesiah ngriki, wontên f 34140.- pakêmpalan ingkang tujunipun anyaèkakên têtiyang wuta, anglairakên gênging panuwunipun.

Rancangan ingkang sampun katamtokakên tumrap rawuh dalêm kangjêng tuwan ingkang wicaksana guprênur jendral wontên ing paresidhenan Kêdhu, kados ingkang kasbut ing ngandhap punika:

Tanggal 27 Mèi ing ngajêng punika, wontên ing tapêl-watêsipun Ngayogya lan Kêdhu, wontên ing Tèmpèl, ingkang wicaksana dipun pêthuk dening paduka tuwan residhèn, tuwan asistèn residhèn, saha ingkang bupati ing Magêlang, kajawi punika ugi tuwan kontrolir ing Munthilan badhe andhèrèk mêthuk. Dene ingkang badhe katêdhakan dening ingkang wicaksana, inggih punika: pasturan ing Munthilan, saking ngriku jam 10.45 nuntên badhe bidhal dhatêng sustêran ing Mêndut, jam 12 têrus tindak dhatêng Barabudhur.

Katêtêpakên dados dhoktêr Indhiya (Ind. Arts): Tuwan Abdul Gapar, asli saking Pordhêkok (Sumatrah ingkang sisih kilèn).

Benjing tanggal 1 Juli ngajêng punika, ing Wèltêprèdhên badhe kabikak pamulangan têngahan ing bab panyêpênging bale griya, lamining pasinaon wontên 3 taun.

Kala dintên Slasa ingkang kapêngkêr punika, punggawa pabrik ès ing sacêlakipun Padhalarang sami mogok, kathahing têtiyang ingkang sami tumut mogok wontên 20, mênggah sabab-sababipun makatên:

Sadèrèngipun wulan Nopèmbêr 1927 kuli-kuli ingkang ambêkta ès saking pabrik dhatêng sêtatsiun, punika sami angsal epahan f 0.25 sabên sabalokipun. Sarêng dhawah masa jawah têtiyang wau sami nêdha indhakan epahan, inggih punika f 0.30 ing dalêm sabalokipun, ugi sami dipun turuti, ing sarèhning samangke sampun masa bêntèr malih, pangagênging pabrik wau amrayogèkakên murih wangsul kados ingkang suwaunipun, inggih punika f 0.25, ananging kuli-kuli wau botên sami rujuk saha lajêng sami mogok, ananging anggènipun mogok wau namung sadintên.

Kabaripun, gunggunging têtiyang ingkang manggèn wontên ing Dhigul samangke têtiyang jalêr wontên 530, tiyang èstri 13, sadaya sami tiyang komunis. Têtiyang wau sami ambêkta sanak sadhèrèkipun gunggung kêmpal wontên tiyang 210, cacah samantên kathahipun wau ingkang 200 lare-lare. Dene têtiyangipun tani namung wontên 27, dados kirang langkung namung wontên 5% saking cacahing sadaya tiyang ingkang manggèn wontên ing ngriku.

Aneta mirêng pawartos, bilih ingkang bupati ing Bandhung, ingkang samangke pinuju tindak pêrlop dhatêng Eropah, konduripun ngajawi kintên-kintên tanggal 18 Agustus ing ngajêng punika.

Benjing tanggal 30 Juni ing ngajêng punika, ing Surabaya badhe kabikak kanthi opisil, satunggiling pamulangan dagang andhap. Kangge sawatawis masa danguning pasinaon wontên 3 taun. Ingkang katampi ing pamulangan wau lare sadaya bôngsa, lan lare ingkang kalêbêt ing ngriku kêdah sagêd anyêkapi kasagêdanipun kadosdene manawi badhe lumêbêt ing pamulangan Mulo utawi H.B.S.

Wontên pawartos, bilih salah satunggiling sudagar ing dhusun Partêngêr (Pamêkasan) nama: Haji Dhamhuri, lapur dhatêng pulisi, kala malêm Rêbo tanggal 25 April ingkang kapêngkêr punika, mêntas kapandungan arta gunggung f 14600.- inggih punika arta ingkang kasimpên wontên ing pêthi brankasipun, prakawisipun samangke sawêg dipun urus ing pulisi.

Dèrèng dangu punika pangrèhing pakêmpalan Muhamadiyah ing Kuthagêdhe, angadhêp ing ngarsa dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun ing Surakarta. Prêlu anyadhong paring dalêm arta darma kathahipun 200, kangge ambantu adêging madrasah tuwin poliklinikipun Muhamadiyah ing Kuthagêdhe.

--- 687 ---

Wêwaosan

Sêsupe Agêmipun Rajaputri ing Seba

35. Anggènipun badhe ngluwari tanpa damêl

Undhak-undhakan kalih atus ingkang kawitan, sanadyan anjulêg tuwin risak, ewadene mêksa gampil dipun ambah, kajawi tumrap Pangeran Josua, ingkang kamirêngan swaranipun mênggèh-mênggèh sarta rêrambatan wontên ing wingking kula, salajêngipun nuntên wontên gang ingkang anjulêg mangandhap, kintên-kintên wontên sèkêt tindak, lan têlas-têlasanipun punika wontên lomponganipun, ingkang sami lêbêtipun kalihan ingkang ngajêng, ananging undhak-undhakanipun ngriki langkung risak malih, kajawi punika susah sangêt sagêdipun dilah-dilah lêstantun murub, jalaran saking bantêring angin ingkang nêmpuh saking ngandhap.

Ing têlas-têlasaning undhak-undhakan wau, undhak-undhakan salajêngipun prasasat botên wontên, amila minggahipun inggih ambêbayani sangêt. Wontên ing ngriku Pangeran Josua lajêng kaplèsèd saha kanthi anjêlih badanipun andhawahi kula ing sarosanipun, tujunipun suku kula adêgipun kêncêng, upami botêna, kula tamtu andhawahi sang putri, ingkang sagêd anjalari kula sadaya dhawah kalêbêt, ingkang sagêd andadosakên tiwasipun.

Sarêng panjênênganipun sampun sagêd jumênêng saking dipun pitulungi ing tiyang parêdèn, kula sadaya lajêng mandhap turut ôndha, ingkang dipun pasang dening têtiyang ingkang sami wontên ngajêng, lampah anjog ing papan waradin ingkang ôngka kalih, ing ngriku wiwit wontên gang ingkang mayat malih, pungkasaning gang wau lajêng wontên papan ingkang wiwit anjulêg.

Samangke kêdah dipun rêmbag, tumrap Pangeran Josua kadospundi, amargi panjênênganipun sampun sumpah bilih sampun botên sagêd anglajêngakên tindakipun, saha lajêng ngrêrintih supados dipun wangsulakên dhatêng pucaking curi malih, sanadyan kala punika Shadrach cariyos manawi undhak-undhakanipun mindhak sae. Sang putri lajêng ngrampungi prakawis punika sarana ngandika makatên:

Dhuh paman, panjênêngan ngandikakakên bilih botên sagêd anglajêngakên malih. Ing sarèhsarèhning. kula sadaya punika kêkirangan wanci sangêt, langkung prayogi manawi panjênêngan kantun wontên ing ngriki kemawon, ngantos kula sadaya sagêd wangsul mriki malih. Dene manawi kula sadaya botên sagêd wangsul mriki, panjênêngan kula aturi pados margi piyambak, mêdal ing lompongan punika. Sampun kantun sugêng, paman. Paman ing ngriki punika botên ambêbayani, tur sakeca. Kula mrayogèkakên, panjênêngan ngaso wontên ing ngriki.

Pangeran Josua ingkang kala punika saking samar utawi nêpsunipun, andharêdhêg kados alang-alang katêmpuh angin, anggarundêl makatên: I, lah, wong wadon têka ala têmên atine. Dhuh sang putri, punapa panjênêngan tega dhatêng pêpasangan panjênêngan wontên salêbêting guwa brakasakan punika, dene panjênêngan piyambak têka rêrambatan kados kuwuk wontên ing curi-curi sêsarêngan kalihan têtiyang mônca. Manawi kula kantun wontên ngriki, panjênêngan inggih kêdah kantun wontên ing ngriki.

Sang putri amangsuli têtêp: o punika botên, punapa pantês ingatasipun putri putraning para nata ajrih lumampah sêsarêngan kalihan tamunipun.

Pungkasanipun Pangeran Josua lajêng tindak wontên ing têngah-têngahipun têtiyang parêdèn, ingkang sajatosipun angrêrômpa dhatêng sang pangeran wau.

Kados ingkang dipun cariyosakên dening Shadrach punika pancèn lêrês, saya dangu undhak-undhakanipun saya sae, ananging sajakipun undhak-undhakan wau tanpa wêkasan, amargi saking pangetang kula, lampah kula sadaya mangandhap wau kados-kados sampun wontên sèwu kalih atus kaki, sarêng kula prasasat mèh botên sagêd anggulawat malih, sarta uswanipun sang putri sampun cêkak sangêt, ngantos sang putri anggandhul dhatêng tanganipun Orme, lan kula sadaya katarik sarana tangsul wontên ing pêngkêranipun sang putri, dumadakan kula sadaya sumêrêp soroting srêngenge ingkang alit sangêt, mêdal ing lompongan ciyut ing trowongan ngriku, ing wiwitaning papan anjulêg sanèsipun, kula sadaya pinanggih Shadrach, ingkang ngêntosi kula sadaya wontên ing ngriku kalihan tiyang sanès-sanèsipun. Piyambakipun lajêng wicantên kanthi taklim, cariyos manawi dilah-dilah kapurih nilar wontên ing ngriku, saha kapurih ngêtutakên piyambakipun. Olivier pitakèn dhatêng Shadrach dhatêng pundi anjoging guwa ingkang pungkasan punika.

Shadrach amangsuli: anjogipun dhatêng papan ingkang langkung andhap malih, ananging satunggiling papan ingkang panjênêngan botên kapengin lumêbêt, amargi punika lajêng anjog dhatêng guwa agêng, ingkang kangge ngandhangakên sima-sima kramat dening têtiyang Fung.

Kula sadaya lajêng ngêtutakên Shadrach, saha lajêng dumugi tanah waradin ingkang jêmbar sangêt, siti waradin wau wontên ing salêbêting curi agêng sangêt, ananging punika saking dêdamêlaning tiyang utawi dumados [du...]

--- 688 ---

[...mados] kodrat, punika botên kasumêrêpan. Ing sapinggiring tanah waradin wau, wontên tuwuhanipun pakis tuwin thêthukulan sanès-sanèsipun, ingkang rungkut sangêt, saupami kula sadaya umpêtan wontên ing thêthukulan ngriku, botên sagêd dipun tingali dening têtiyang ingkang wontên ing ngandhap ngrika. Saking papan ngriku wau, kula sadaya sagêd sumêrêp, bilih lêbêting jurang punika taksih wontên sawatawis atusan kaki.

Ing ngandhap kêtingal wontên wêwujudan ingkang nglênggirik panjang. Ing sakawit wêwujudan wau kula wastani gumuk, ing nglêbêtipun katingal wontên sèrètipun sela agêng sangêt, ingkang pungkasanipun wontên ing rêrungkutan awujud gubug. Pucaking curi ingkang thêthukulanipun wau ajêng-ajêngan kalihan papan waradin ingkang cakêt sangêt saha ingkang kangge ngadêg kula sadaya, mênggah têbihipun saking kula sadaya botên langkung saking tigang dasa utawi kawan dasa kaki.

Sang putri andangu dhatêng Shadrach: Lho, kae apa.

Shadrach umatur: dhuh gusti pêpundhèn kula, punika botên liya kajawi gêgêring dewanipun têtiyang Fung ingkang awujud singa barong. Dene sèrèt agêng ingkang pungkasanipun wontên wananipun alit punika, buntuting singa barong. Kintên-kintên papan waradin ingkang sawêg dipun ambah kula sadaya punika, rumiyinipun papan kangge umpêtan para pangagênging agami, nalika Mur tuwin nagarinipun têtiyang Fung samangke punika, taksih dados gadhahanipun têtiyang Fung sadaya, inggih punika manawi têtiyang wau pinuju andingkik punapa-punapa. Salajêngipun Shadrach sarana anudingi jugangan-jugangan ing salêbêting puri, umatur makatên: môngga kula aturi mriksani punika, kintên kula ing ngriki kinanipun wontên karêtêgipun, ingkang kenging dipun angkat tuwin dipun pasang malih, saha ingkang anjog dhatêng buntuting dewa singa barong wau. Sanadyan ta krêtêg wau sapriki anggènipun risak. Dumugining samangke kula ngambah margi punika tanpa mawi krêtêg wau.

Kula sadaya lajêng sami nyawang dhatêng Shadrach kanthi gumun ing manah, saha kala punika lajêng sêpên botên wontên sabawa punapa-punapa, ing wêkdal punika kapirêng sang putri ngandika bisik-bisik dhatêng Orme makatên:

Bokmanawi jalaran tindak ingkang makatên punika, anggènipun Shadrach sagêd ngoncati têtiyang Fung, utawi bokmanawi piyambakipun tansah sêsrawungan kalihan têtiyang Fung minôngka dados juru sandi.

Quick ingkang mirêng pangandikanipun sang putri makatên wau, anyêlani atur utawi piyambakipun satunggiling tiyang goroh. Gagasaning Quick ingkang makatên punika, botên beda kalihan gagasan kula.

Sang putri ujug-ujug lajêng andangu makatên: sabab apa dene kowe ngirid aku kabèh mrene kiyi.

Shadrach umatur: dhuh gusti, ing ngajêng kula kados sampun matur, bilih prêlunipun badhe angluwari pun jandhela cêmêng. Mugi krêsaa mirêngakên atur kula punika. Sampun dados padatanipun têtiyang Fung, sabên enjing utawi sontên tawananipun sami dipun sukani palilah lumampah-lumampah wontên ing gêgêring singa barong, kanthi botên kajagi babarpisan, panyuwun kula sampun pisan andangu dhatêng kula, dene kula sumêrêp ing bab punika, kula purun sumpah kanthi ngêtohakên nyawa kula, bilih ingkang kula aturakên sadaya wau lêrês-lêrês. Dene rancangan kula makatên: kula sadaya sami sadhiya ôndha, ingkang panjangipun saking papan ing ngrika, ngantos sagêd anjog ing buntuting dewanipun têtiyang Fung punika. (Badhe kasambêtan)

[Grafik]

Ing nginggil punika sawangan ingkang anêngsêmakên.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 38, 22 Dulkangidah, Taun Jimakir 1858, 12 Mèi 1928, Taun III

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [709] ---

Ôngka 38, 22 Dulkangidah, Taun Jimakir 1858, 12 Mèi 1928, Taun III.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Saigon

[Grafik]

Gambar candhi Jardin Botanique, ing kêbonraja tanah Fransch Cochin China, minôngka tôndha pangèngêt-èngêt kawontênaning para saradhadhu bôngsa Anam ingkang tiwas wontên ing jaman paprangan agêng.

--- 710 ---

Raos Jawi

Pêthikan Sêrat Rama

[Dhandhanggula]

Kunêng lingnya Ramadayapati / angandika Sang Ramawijaya / hèh bêbakal sira kiye / gampang kalawan ewuh / mapan ana ingkang akardi / yèn wania ing gampang / wêdi ing pakewuh / sabarang nora tumêka / yèn antêpên gampang ewuh dadi siji / ing purwa nora nana //

[Grafik]

Prabu Rama

Ungêl-ungêl ing nginggil punika sampun limrah kasumêrêpan para sagêd, nanging inggih taksih kathah ugi ingkang katêmbèn mirêng, dados anggèn kula manjurungakên ing angganing Kêjawèn punika prêlunipun: paedah tumrap ingkang dèrèng sumêrêp, mêwahi kawruhipun, dene tumrap ingkang sampun nate mirêng, saya nancêbakên ing raos, nuwuhakên kasantosan, bilih badhe tumandang ing damêl.

Suraosipun makatên: satêlasing aturipun Anuman (Anoman) Sri Rama ngandika: hèh wong nonoman, kang isih akèh kang sira gayuh, amurih katêkan sêdyanira, aja wêdi marang ewuh-pakewuh. Yèn wong iku mung milih sing gampang bae, ngêmohi sing angèl, awit saka wêdi utawa lumuh, sabarang sing digayuh, tangèh bisane kêtêkan, mungguh gampang lan ewuh iku satêmêne gaweanira dhewe. Samubarang gawe, yèn sira anggêp gampang, iya gampang. Yèn sira anggêp angèl, iya angèl, gumantung saka kêkêncênganing tekadira. Dadi satêmêne kang aran gampang lan ewuh iku ora ana.

Suraos ing nginggil punika tumrap para sagêd inggih sampun têrang, nanging tumrap ingkang dèrèng jêmbar lêlimbanganipun, rumaos kirang têrang. Mila prayoginipun dipun kanthèni pasêksèn, sabab wontên ingkang ambantah makatên: saupami pun suta badhe minggah rêdi ingkang pèrèngipun andêdêr, têmtu rêkaos sangêt, yèn ta ngambaha nurut pandêdêring rêdi wau, lêpat-lêpat manggih tiwas, mila lajêng milih utawi ngupados margi ingkang gampil, [ga...]

--- 711 ---

[...mpil,] inggih punika nurut margi ingkang nglikêri rêdi wau, wêkasan inggih dumugi ing pucak, punapa anggènipun ngupados margi ingkang gampil wau nama lêpat, kados sampun salêrêsipun. Rak lajêng botên cocog kalihan piwulang ing nginggil punika.

Wangsulanipun: O, la, klintu tampi. Pun suta anggènipun ngêdalakên akal, ngantos pikantuk margi ingkang gampil, punika rak inggih sampun nama purun ing pakèwêd, ingatasipun manungsa prêlu sangêt ngêdalakên akal budi salêbêtipun tumandang ing damêl, ngêdalakên akal punika dede padamêlan ingkang gampil.

Upaminipun malih: tiyang kapengin sagêd mabur. Nglêngkara sagêdipun kalampahan, manawi tanpa pirantos. Tiyang lajêng ambudidaya ngawontênakên pirantos, punika ngantos pintên-pintên taun, sarta anggènipun nyoba sampun rambah-rambah, tansah dèrèng lêrês, asring akurban jiwa. Ewasamantên para wira ing Eropah botên mundur pangudinipun, wêkasan dumugi ingkang cinipta. Sapriki sampun maèwu-èwu kapal mabur ing salumahing bumi awis-awis manggih tiwas.

[Grafik]

Radèn Anoman

Sasrasumarta

Ekonomi

Nanas

Mênggah asalipun nanas punika saking tanah Amerikah, sapunikanipun katanêm ing tanah-tanah sanès ingkang hawanipun bêntèr. Dene dhatêngipun ing tanah Jawi kintên-kintên taun 1599.

Sanadyan kathah para maos ingkang sampun nguningani piyambak mênggahing têtanêman nanas, ananging ing ngriki prêlu kacariyosakên sawatawis. Nanas punika satunggiling thêthukulan alit, godhongipun [godhongi...]

--- 712 ---

[...pun] panjang-panjang kandêl sarta ing pinggir mawi êri, panjanging godhong watawis ½ ngantos 1 mètêr. Godhong punika angubêngi witipun, ing têngah-têngah wontên badhenipun sêkar pating cringih, wohipun bundêr lonjong, kulitipun mèmpêr sisik, ing nginggiling woh wontên pupukicunpucukipun. pating cringih. Ing jaman kinanipun woh punika anggadhahi wiji, nanging saya lami saking saening pangrimatipun, wijinipun wau sagêd ical piyambak. Ing sapunika sanadyan taksiha, ananging alit-alit.

[Grafik]

Kêbon nanas.

Nanas punika warni-warni, kados ta: nanas kopyor, nanas batu, nanas bogor, nanas ijêm, nanas acèh lan sapanunggilanipun.

Tumrap ing pulo Jawi, nanas punika prayoginipun katanêm ing papan ingkang hawanipun ajêg sarta kathah jawahipun. Pananêmipun kêdah wontên siti ingkang tênggar sarta botên kenging kayomên, ingkang êloh, utawi kalêmènan kathah, awising pananêm 2 dumuginipun tigang kaki, kêbon sabau sagêd katanêman nanas 15.500 wit. Dene manawi langkung saking samantên, kirang sae, amargi lajêng kêkêrêpên.

Mênggah ingkang dipun tanêm inggih punika: trubus (anak) lan payungipun, trubus punika wontên kalih warni, trubus ngandhap kalihan trubus nginggil, dene ingkang enggal mêdal wohipun trubus ngandhap.

Panggaraping kêbon nanas punika prayoginipun makatên: sasampunipun kêbon dipun waluku utawi dipun paculi ngantos sawatawis ambalan, saengga sitinipung mawug, panggenanipun ingkang badhe dipun tanêmi wau lajêng dipun gulud-gulud, prêlunipun sampun ngantos toyanipun ngêmbong. Dene bantalan punika murih saenipun, dipun larik-larik.

--- 713 ---

Wiwit katanêm ngantos sagêdipun mêdal wohipun, punika laminipun watawis 14 wulan, dene sagêdipun ngundhuh wohipun manawi sampun 18 wulan.

Ingkang sampun kêlimrah, tiyang nanêm nanas punika namung wontên ing kêbonan, saha namung dipun tanêm wontên ing dhadhah kemawon, minôngka pagêring pakarangan, awit pikantukipun kajawi ngundhuh wohipun, ugi rapêt kêtingal santosa.

Nanas ingkang sampun awoh, punika samôngsa sampun kêtingal sêmburat jêne prayogi lajêng dipun brongsongi, patraping pambrongsong, godhongipun katlakupakên ing uwoh, nginggil dipun tangsuli kados dipun pocong. Awit manawi botên dipun makatênakên, adhakan dipun têdha ing ama, inggih punika luwak.

[Grafik]

Nanas ingkang sawêg dipun oncèki

Nanas punika satunggaling wowohan ingkang sumrambah dumugi ing pundi-pundi, nanging manawi badhe dipun sade dhatêng sanès panggenan, ingkang kintên-kintên ngantos sawatawis dintên, pangundhuhipun prayogi ingkang taksih sêmburat jêne, dados sadumugining purug sawêg jêne.

Ingkang sampun misuwur kathah pamêdalipun nanas manawi ing tanah Jawi ing Sêmarang tuwin tanah Priyangan.

Tumrap nanas Sêmarang punika sumêbaripun wontên ing Jawi Têngah. Wujuding wohipun agêng-agêng, duduhipun kathah, dene panitikipun ingkang sae, manawi dipun kêbuk nyuwara pêk-pêk, punika dipun wastani budhêg, raosipun langkung eca. Manawi nuju taksih awis, wontên ing Sêmarang kemawon taksih rêgi 15 sèn, dene manawi sampun ngêmbyah namung nigang sèn. Manawi kalerês usum nanas ing pêkên-pêkên ngantos undhung-undhungan kathah sangêt, pinangkanipun saking padhusunan kilèn kitha. Malah ngantos [nganto...]

--- 714 ---

[...s] mèh kêlimrah, tiyang ingkang nuju kesahan dhatêng Sêmarang, manawi nuju ngusum nanas, tamtu sami angsal-angsal nanas.

Dene tumrap nanas wêdalan tanah Priyangan, ingkang sampun misuwur ingkang nama nanas bogor, wujudipun alit-alit, nanging raosipun lêgi tumêk, duduhipun botên patos kathah, manahipun kêpriyak eca. Môngka limrahipun nanas, manahipun nyontrot. Dene nanas bogor punika panyadenipun sumêbar sangêt, saya manawi nuju wontên karamean ing satunggal-satunggaling nagari, tamtu wontên tiyang ingkang sade nanas bogor punika, awit kagolong dados wowohan anèn, satunggal ngantos rêgi 25 dumugi 30 sèn.

Ngoncèki nanas punika kêdah sumêrêp caranipun, awit manawi botên makatên badhe kêkathahên dagingipun ingkang kabucal, awit mripating nanas punika pating cluwêk lêbêt, manawi namung dipun iris manut lêbêtipun, badhe ngatutakên daging ing sasêlaning mripat. Mila anggènipun ngoncèki kêdah tipis kemawon, mripatipun lajêng dipun caluwêki manut larikanipun, lan panitiking larikanipun sampun ngantos kêlintu ingkang botên urut.

Nanas punika kajawi katêdha matêng uwit, ugi kenging kaolah kangge sêle (jênang), punika eca katêdha kangge abên roti, utawi kuwawi kasimpên ngantos dangu. Dene manawi nanas badhe dipun kintunakên têbih, tuwin dangu wontên ing margi, prayogi dipun buntêli ing dlancang, punika kuwawi ngantos dangu.

Kala rumiyin sêrat nanas inggih punika sêrating godhong, kenging dipun pêndhêti kangge dandosan kados ta tampar, upat-upat pêcut, kangge sêlan tênunan sinjang lurik. Pandamêlipun sarana dipun kêrok ing lèpèk, utawi dipun kum, nanging sarêng sapunika wontên tanêman bangsaning nanas ingkang maligi namung kapêndhêt sêratipun, punika lajêng botên dipun pigunakakên malih.

Dados mênggahing tanêman nanas, punika manawi dipun santosani sagêd dados padagangan ingkang agêng pamêdalipun.

Panglipur Manah

Madu Balung Tanpa Isi

[Pocung]

bangun esuk rame dening jago kluruk / janma rêruncungan / samnya luwar saking guling / kagyat dening sumilaking antariksa //

akèh kumpul bocah adus maring umbul / rame cêciblonan / lan lêlangèn anèng warih / kang wong tuwa alok-alok kinèn mêntas //

aywa gidhuh lir bocah nora tuwajuh / dene maksih enjang / têka ambrêbêgi kuping / surak-surak kadi wong tan wruh ing tata //

mak cêp gêtun ana ngucap sêmu ngungun / mau kowe Gombak / rak dadi nêsu bok cilik / wis ta ayo padha mêntas dolan-dolan //

iki Minggu le sêkolah

--- 715 ---

ora mlêbu / ayo dha nyang ratan / angadhang simbok yèn mulih / wong dhèk wingi saguh nukokke layangan //

Kuncung clathu lan narêthêk nganti biru / kowe iku Gombak / dene kaya bocah cilik / nganggo isih dhêmên angundha layangan //

yèn ta aku luwung mulih maca buku / tur olèh paedah / nyilih saka bibliotik / ana kae ayo tak milu sadhela //

Gombak Kuncung nulya samya runtung-runtung / dhodhok pinggir ratan / lan nyorot panasing rawi / griyip-griyip sami angrasa sakeca //

Gombak muwus pyayi kae bagus lurus / salah sajak brêgas / iya etung-etung pyayi / sapolahe ya ketok kaya bandara //

kowe Kuncung besuk dadi apa kae Cung /Lebih satu suku kata: kowe Kuncung suk dadi apa kowe Cung. Kuncung nuli jawab / yèn aku sing tak dhêmêni / milih dadi wong branahke rajakaya //

sabên esuk enak nunggang sapi punuk / ngumbar nyang ra-ara / mulih-mulih yèn anggiring / dhasar akèh kêbo sapi pating glidrah //

Gombak manthuk karo muni aku mathuk / ning yèn aku ora / isih pilih dadi tani / dhasar duwe sawah ômba sabrah-êmbrah //

yèn pinuju panèn aku mubra-mubru / mêsthi ora bakal / kêkurangan bêras pari / dadi aku karo kowe padha kaya //

Kuncung sambung pancèn bênêr padha ontung / nanging anuta ah / sawahe bok dipagêri / nglumuhana aku sugih rajakaya //

awit aku yèn nganti luput lakuku / ora wurung bakal / kêboku mêsthi nyêngkuti /ngrêngguti. wêkasane kowe dadi kapitunan //

Gombak muwus ya aja ngono cah bagus / kuwi rak sêmbrana / yèn ngantia anyêngguti / la pedahe kapriye anggonmu jaga //

lan yèn aku nurutana panêmumu / kon magêri sawah / iku harak ora main / lan ngêntèkke bandhaku sapirang-pirang //

Kuncung clathu sêmune rada kêsusu / lo ora kainan / sauwisasauwise. kôndha dhisik / dadi aku ora olèh kaluputan //

aku êmbuh jênêng kewan sapa wêruh / gèk banjur narajang / byuk-byukan mangani pari / digugata aku mêsthi ora salah //

Gombak maju karo calathu macucu / yèn sapimu nasak / mêsthi padha tak gêbugi / sapa wonge parine dipangani rila //sapa wonge parine dipangan rila.

Kuncung nêpsu karo nyat ngadêg kêsusu / e la ora gênah / ana sapi digêbugi / sadurunge kowe wis tak tabok kêplak //

mak nyat nusul Gombak banjur ngrukêt ngrangkul / karo mêgap-mêgap / mainan ngêntèke pari / jêbul malah êndhasku mau dikêmplang //

nuli riwut Gombak Kuncung padha gêlut / gulêt bèk-êbekan / sarosa gênti ambithi / bocah loro biru èrêm babak bunyak //

nuli jêdhul ana wong tuwa kang nusul / iki ana apa / dene esuk-esuk bêrik / wis bok pisah bocah padha ora gênah //

barêng krungu larahe prakara mau / kêkêl wong sing tuwa / karo muni wis ta uwis / besuk manèh nyambuta gawe sing padha //

Gombak Kuncung banjur mulih padha bingung / wêdi yèn konangan / ing bapakne disrêngêni / wurung-wurung malah digêbugi pisan //

wosing tutur kaya sing uwis dicatur / pan iku upama / mula ya rêmbug sathithik / sok adhakan tinêmu datan prayoga //

--- 716 ---

Kawruh Warni-warni

Bab Kasarasaning Sawangan

Tiyang ingkang ahli nênitèni, tamtu sagêd amastani tuwin angraosakên, bilih sawangan ingkang prayogi punika inggih migunani dados kasarasan, awit sadaya kawontênan ingkang damêl sakecaning mripat, punika inggih nêrusi damêl sênênging manah, lan sênênging manah punika sajatosipun inggih kasarasan.

Kados ing bab rêsikaning tiyang gêgriya, utawi prayogining panatanipun rêrênggan, punika tumrap ingkang manggèn ing ngriku angsal paedah kalih warni, sapisan saking dayaning rêsik, kaping kalih saking daya saening sawangan.

[Grafik]

Sawangan ing griya, ingkang ngrêsêpakên.

Tiyang kêrêp anglairakên pitêmbungan ing bab saening sawangan, kados ta mêntas nyumêrêpi asrining parêdèn, nyumêrêpi lumahing sagantên ingkang malêngkung ngubêngi pulo, punika cumithakipun wontên ing raos sagêd adamêl kasarasan, awit kawontênan ingkang dipun raosakên sumèlèhipun dhatêng manah sagêd damêl katêntrêman.

Nanging mênggahing sawangan, punika wohing sèlèhipun dhatêng raos, wontên ingkang malah dados panggodhaning manah, upaminipun tumraping para priya tumambirang ningali ayuning ringgit, ingkang sarwa damêl sênênging manah, punika pikantukipun malah damêl pangrisak, awit wohing sênêngipun malah anggonjingakên pikiran.

Kathah para ahli raos, ingkang katêtarik manahipun jalaran saking adining sawangan. Upaminipun kemawon para ingkang kulina manggèn ing parêdèn, punika sarasing sawanganipun tamtu ngungkuli tiyang ingkang kulina nyawang têtingalan ing paramean, awit tumrap ingkang kulina wontên ing parêdèn, rumaos manawi lêpasing sawanganipun angêlangut saksat tanpa wêkasan, wontênipun ing manah namung anilari tabêt sae.

Wontên pasaksènipun malih, bilih prayogining sawangan punika inggih damêl kasarasan, upaminipun tiyang ingkang nêmbe saras saking anggènipun sakit, punika angraosakên tungtum kakiyatanipun manawi nyawang têba ingkang ngasrêpi manah, kados ta ningali ijêming tanêm ing sabin, ningali muyêking sêsêkaran ing patamanan, sapanunggilanipun ingkang kados makatên.

Dene kawontênaning sawangan ingkang kados makatên [maka...]

--- 717 ---

[...tên] punika, tiyang prêlu sangêt ngulinakakên. Malah tumrap ing lare pisan, kados ugi wontên paedahipun dipun gulang murih kêtuwuhan raos ingkang kados makatên, awit mênggahing lare, adhakan sangêt sawanganipun lajêng kêtlêtuh rêmên dhatêng bangsaning têtingalan, lan pancèn nyata bilih lare punika dèrèng kêdunungan raosing sawangan kodrat ingkang gumêlar ing bumi. Nanging manawi dipun kulinakakên, dangu-dangu inggih badhe kêtuwuhan raos makatên, awit manawi dipun manah yêktos, tuwuhing sawangan ingkang dados pangrisak tuwin dados kasarasan punika inggih namung saking kulina.

[Grafik]

Sawangan ing têba wiyar, ingkang ngêlangut anggambarakên ing gagasan.

Lan malih sawangan ingkang sae punika dados margining gagasan, panuntunipun inggih kêdah sarana pamrêdi, kados ta: lare dipun gêgulang rêsikan wiwit badanipun piyambak ngantos dumugi caraning rêrêsik bale griya. Punika manawi sampun kulina, tamtu sagêd ngraosakên dhatêng prayogining sawangan ingkang tuwuh saking tindak rêsikan, sumêrêp tiyang nyandhang rêsik rêmên, sumêrêp latar ngilak-ilak sênêng.

Bilih sampun saya matuh makatên, benjing manawi sampun kêdunungan raos sêngsêm dhatêng sawangan, tamtu sagêd ngraosakên dhatêng kawontênaning sawangan ingkang sagêd damêl kasarasan.

--- 718 ---

Waosan Lare

Pinêsthi Dados Kanthi

II. Lêlakone uyah sing wis dadi banyu

[Asmaradana]

uyah banjur klêbu bumi / pêtênge ora kêjamak / bangêt-bangêt sêsambate / nanging malah saya krasa / blêbês amblês ing lêmah / wusana nuli kêpêthuk / rêmbês banyu lèn-ilenan //

[Grafik]

rêmbêsan nakoni lirih / êlo kowe kônca anyar / apa arêp milu kene / uwis ta nuli mrenea / atimu aja samar / wis kene nunggala aku / mêngko padha dolan-dolan //

uyah banjur amangsuli / ora kowe kuwi sapa / dene ketok sumanake / apa ya bangsaku uyah / rêmbêsan banyu kôndha / aku iki jênêng banyu / asli saka sah-isahan //

sing dibuwang ana tritis / nglumpuk dadi pêcêrenan / wis ta kowe danga mrene / kowe kuwi harak iya / tunggalaku bae ta / bangsane buwangan banyu / wis ta aja ngaku uyah //

kono uyah ngrumasani / iya nuli gêlêm nunggal / saiki aran pêcêrèn / rumêsêp jêroning lêmah / nuli agawe dalan / menggak-menggok banjur jêdhug / kono wêruh padhang hawa //

lan krungu swara kumriwik / ora suwe banjur nunggal / ing saiki aran kalèn / iline alon-alonan / anèng jaban padesan / ing kono ana wong clathu / kalène mili gêmladhag //

sanalika nuli ngrêti / batine banyu wis ngrasa / saiki kalèn arane / lakune agêmaiban / sok nganggo lunjak-lunjak / kuwi yèn nuju kêsandhung / rêrègêd ngalangi dalan //

mung atine rada sêrik / dene akèh wong sing padha / guwang uwuh byak-byuk bae / barêng kalèn rada ômba / atine mundhak bungah / dene saiki wong mlaku / wis padha nganggo wod-wodan //

akèh bocah-bocah cilik / sênêng padha wak-iwakan / kêbo sapi padha ngombe / ing suwe-suwe kêplantrang / lakune saya rikat / wusana nywara gumrujug / nunggal banyu bêbanyakan //

wong akèh padha ngarani / ing saikine wis kaprah / duwe

--- 719 ---

jênêng kali Pepe / lakune sadalan-dalan / mung tansah dipilala / kala-kala mampir nylinthut / angêlêbi pasawahan //

yèn nuju wayahe bêngi / wong padha ngurut bêndungan / kanggo ngoncori lêmahe / kali nganti sambat wêgah / wêtênge krasa sêbah / dening dibêndung malêmbung / ambêgan bae rêkasa //

ana ayême sathithik / dene bisa gawe bungah / lawan bêgjane wong akèh / dening ambanyoni sawah / têmbe awèh nugraha / awoh pari ngundhung-undhung / dadi dalan kasugihan //

wise tutug ambanyoni / nuli bali manèh wutah / isih aran kali Pepe / lakune saya rikatan / ora sêpi sawangan / duwe sêtrèn krai timun / uwohe padha kêtara //

mung lakune ing saiki / ora ana ngênthak-ênthak / wiwit mlipir padesane / lan ing kono kala-kala / ketok ana wong jala / nyabrang nywara krubyug-krubyug / lan yèn olèh iwak surak //

sajak ora pati-pati / anggatèkke golèk iwak / mung go sênêng-sênêng bae / sing mêngkono kuwi nyata / awit sing padha jala / pyayi sing rada gumagus / sênêng-sênêng dina Ngahad //

kali Pepe nuli ngrêti / ing batine karo kôndha / e e dadi aku kiye / saikine uwis têkan / ing sajêroning kutha / dadi wong nom-anom iku / pyayi kutha Surakarta //

[Grafik]

Sawênèhing nonah sugih bôngsa Amerikah nama Nancy Miller, angrasuk agami Hindhu, ingkang linampahan kanthi eklasing manah. Wontênipun nonah wau angrasuk agami sanès, awit badhe kagarwa tilas narendra ing Indore, Hindhustan. Ing gambar punika kêtingal nalika nonah wau anêtêpi cara lampahing santun agami. Samantên tuwuhing antêp mênggahing palakrama.

--- 720 ---

Bab Kasarasan

Kabêtahaning tilêm lare utawi tiyang sêpuh

Sawênèhing tiyang wontên ingkang sok pitakèn, mênggah bêtahing tiyang tilêm ing dalêm sadintên sadalunipun punika pintên jam. Pitakèn punika sajatosipun botên gampil wangsulanipun, awit ingkang makatên wau rak gumantung dhatêng satungil-satunggiling tiyang. Ingkang satunggal bêtahipun tilêm langkung kathah tinimbang sanèsipun, inggih punika miturut kasarasaning badan tuwin umur-umuranipun. Upaminipun kemawon: lare alit punika bêtahipun dhatêng tilêm tamtu langkung kathah tinimbang tiyang sêpuh, sapintên danguning wajibibun lare tilêm miturut undha-usuking umur, punika pamanggihipun para sêpuh satunggal lan satunggalipun botên sagêd sami, amargi kathahing wancinipun ngaso, ingkang sayêktos mumpangati tumrap lare, punika sok beda-beda. Tumrap bayi ingkang mêntas dipun lairakên, punika para sêpuh sampun sami mupakat sadaya, bilih kabêtahanipun ingkang prêlu piyambak: tilêm kalihan têdha. Dene lare saya agêng saya suda bêtahipun dhatêng tilêm, punika inggih sampun tamtu kemawon, ewadene wontên sawênèh lare, ingkang kêsayahên jalaran saking anggènipun kêkathahên dolanan utawi punapa kemawon, sarêng wancinipun kêdah tilêm lajêng beka botên purun mapan tilêm, ingkang makatên wau anandhakakên, bilih pun lare piyambak botên sagêd nyumêrêpi sapintên anggèning ngasokakên badanipun.

[Grafik]

Lare ingkang sawêk tilêm

Wontên sawênèhing para sêpuh ingkang nyariosakên, bilih lare punika manawi sampun sayah sangêt ingkang lajêng kêdah dipun asokakên, punika sok lajêng purun anglairakên piyambak, murih dipun tilêmakên. Ingkang makatên punika inggih wontên ugi, ananging limrahipun lare punika manawi badhe tilêm, sok lajêng beka utawi rèwèl, malah sok botên purun dipun purih tilêm. Lare nakal utawi lare ingkang botên purun kèndêl, punika bêtahipun dhatêng tilêm langkung kathah tinimbang lare ingkang antêng. Amargi badan tuwin talirasaning lare ingkang nakal utawi lare ingkang botên purun kèndêl, punika langkung sayah tinimbang lare ingkang antêng. Lare nakal tuwin lare ingkang botên purun kèndêl, punika pangraosipun langkung landhêp, langkung kagetan, langkung tangisipun, cêkakipun samubarang ingkang dipun sumêrêpi utawi ingkang dipun [di...]

--- 721 ---

[...pun] lampahi, langkung enggal anggènipun angraosakên tinimbang lare ingkang antêng, sadaya wau rumasukipun dhatêng sanubarinipun inggih langkung lêbêt, wusananipun inggih lajêng langkung-langkung anggènipun sumêdya nindakakên pêpenginanipun. Botên ngêmungakên badhe tumindak kemawon, ananging pikiranipun inggih lajêng kapêksa tumut anyambutdamêl, ingkang makatên punika anjalari sayahipun. Pungkasanipun, inggih sampun tamtu kemawon, manawi lare ingkang makatên wau, kabêtahanipun dhatêng tilêm inggih langkung kathah, prêlunipun supados kakiyatanipun wau sagêda wangsul malih. Ewadene inggih lare ingkang makatên punika, ingkang sok rèwèl utawi beka manawi badhe dipun tilêmakên.

Tumrap tanah Jawi ngriki, cêkakipun tumrap nagari ingkang hawanipun bêntèr, kados agêng sangêt gunanipun, upami lare nakal utawi lare ingkang botên purun kèndêl punika dipun kulinakakên tilêm siyang sakêdhap. Awit manawi namung ngaso kemawon, punika sajatosipun botên cêkap. Lare wau kêdah dipun tilêmakên sayêktos, awit namung sarana tilêm sagêdipun otot tuwin talirasanipun ngaso yêktosan, botên namung sarana ngaso kemawon. Kathah para dhoktêr ingkang sami ngandikakakên, bilih mila angèl sangêt pambudidayanipun murih lare punika puruna tilêm siyang, ananging tiyang sêpuh, manawi pancèn trêsna dhatêng putranipun, saha anganggêp prêlu larenipun kêdah ngasokakên badanipun sarana katilêmakên ing wanci siyang, punika kêdah ingkang talatos anggènipun mêksa dhatêng lare wau. Manawi sampun sawatawis dintên laminipun, lare wau rak lajêng kulina piyambak, tanpa dipun prentah tamtu inggih lajêng mapan tilêm piyambak. (Badhe kasambêtan)

Jagading Wanita

Kasêtyaning Èstri

Mênggahing kasêtyaning èstri dhatêng jatukrama punika manawi ing jaman kina ngantos labuh dumugi ing pêjah, têgêsipun manawi ingkang jalêr ngajal, ugi alabuh bela pêjah.

Manawi têtuladan kina, kasêtyaning èstri punika pinanggih wontên ing Dèwi Sêtyawati, garwa nata Mandraka Prabu Salya. Kacariyos kala Dèwi Sêtyawati mirêng bilih sri narendra seda wontên madyaning ngadilaga, jaman prang Bratayuda, sang putri lajêng ngupadosi kunarpaning raka dhatêng madyaning paprangan, tindakipun sang putri anasak bangke anyabrang rah ngantos krubyuk-krubyuk, wusana sarêng manggih layonipun sri narendra, sang putri lajêng sudukjiwa sumandhing ingkang raka, seda kanthi eklasing galih.

Kasêtyan ingkang kados makatên wau tumrapipun ing jaman kina kêtingal mungguh sangêt, yèn ta kêlimraha, dumuginipun sapunika, mênggahing èstri ingkang sêtya ing guru lakinipun, kados botên [bo...]

--- 722 ---

[...tên] awrat anglampahi kados makatên, awit kasêtyan punika tansah dipun padosi.

Sarèhning jamanipun sampun sanès, cara kados makatên wau sampun botên tumindak. Nanging sarèhning kasêtyan punika taksih têtêp, dados caraning sêtya punika inggih taksih, kaot namung santun gagrag.

Dene wujuding kasêtyan wau manawi ing jaman tigang dasanan taun kapêngkêr, sêtyanipun dipun wastani bêkti ing laki, ringkêsipun bêkti ing laki punika atêgês sarwa sagêd nuju dhatêng kajêngipun ingkang jalêr, punapa ingkang dipun lairakên ingkang jalêr, tiyang èstri sagêd angladosi, tarkadhang malah sagêd damêl panujuning tiyang jalêr ingkang dèrèng kalair.

Gampilanipun kemawon bab olah-olahan, tiyang jalêr sawêg nyut kapengin anu, sarêng wancinipun sampun pinanggih wontên ing parampadan, sampun tamtu kemawon ingkang pinanggih wontên ing ngriku namung èsêm thok. Ing batos ingkang èstri dipun kudang-kudang, inggih jalaran saking sagêd damêl panuju wau.

Mila ingkang pinanggih ing jaman kala samantên, tiyang èstri punika ingkang dipun gêgulang namung ngulatakên liringipun ingkang jalêr, tuwin tanpa kêndhat tansah nalusupi raos-pangraosipun guru laki, awit tiyang èstri punika wajib dados pamongipun tiyang jalêr. Môngka mênggah caraning ingah-ingahan, tiyang jalêr punika sawênèhing ingah-ingahan ingkang ragi angèl, dados ingkang ngingah kêdah awas ing pamawasipun, dados nama botên anèh, wontênipun wulang kina namung mrayogèkakên, supados tiyang èstri punika kêdah sarwa manut miturut sakajêngipun ingkang jalêr, nanging sajatosing manut miturut wau kapurih pintêr lan ingkang mintir budinipun, awit saupami namung monat-manut, tênèh lajêng nama èstri sarwa kidhung.

Lan mallih tumraspipuntumrapipun. tiyang jalêr kala samantên, awis tiyang jalêr purun anglairakên gadhah panêdha dhatêng ingkang èstri. Nanging kosokwangsulipun tiyang èstri, sadaya namung sarwa nyandhak wontên ing sêmu tuwin tansah nindakakên pikiranipun, kados ta: ingkang jalêr plêndak-plêndèk anggènipun nêdha, botêna usah dipun lairakên sababipun, ingkang èstri ingkang lajêng ambuka pikiran: iki rak saka ora condhong lawuhane. Iki rak saka sing olah Si Sarikêm. Awas sesuk wong lanang.

Sarêng enjingipun lajêng dipun pêthukakên pakarêmanipun, iyak, dhaharipun inggih lajêng mindhak. Makatên ugi upaminipun bab sandhang pangangge, ujug-ujug ingkang jalêr sumêrêp sampun dipun sadhiyani sinjang udhêng kang dados panujunipun, sampun tamtu botên ketang lirih, ingkang jalêr inggih lajêng mungêl: jarik athik brêgis.

Wusana pantogipun kasêtyaning èstri, manawi dipun tilar ngajal ingkang jalêr, lajêng botên purun emah-emah malih, punika saksat anyamèni Dèwi Sêtyawati.

Sarêng ewahing jaman, jalêr èstri sasami-sami, botên wontên cara oban-abên sêmu, tiyang jalêr gadhah pêpenginan punapa-punapa cariyos dhatêng ingkang èstri, tiyang èstri tamtu inggih minangkani, awit pun jalêr inggih sampun mangrêtos, wontênipun gadhah panêdha punika tamtu badhe sagêd kalampahan, [kalampah...]

--- 723 ---

[...an,] jalêr èstri sampun sumêrêp ing ukuran, sami daya-dinayan. Jalêr badhe ambandhang dipun pêkak, botên dumèh jalêr, manawi lêpat inggih dipun sêrêp-sêrêpakên, makatên ugi pun èstri, botên kêndhat tansah tampi wêwulang saking ingkang jalêr, awit wajibing jalêr mulang, lan wulang wau wohipun badhe dipun undhuh ing tiyang kalih, awujud woh kawilujêngan. Dene pinanggihing kasêtyanipun tiyang èstri sami ngegla sêsarêngan kalihan kasêtyanipun ingkang jalêr. Wosipun rukuning anggènipun jêjodhoan punika atêgês wohing kasêtyan.

Samantên mênggah pinanggihing kasêtyaning èstri. Dados purwa madya wusananipun sarwa sae sadaya.

Wohing Ulahraga

Karosan ingkang Ngedap-edapi

Ing cacriyosan tuwin dêdongengan kina, asring sok nyariyosakên lêlampahanipun tiyang, ingkang saklangkung rosa sangêt, ngantos karosanipun wau mênggahing jaman samangke tamtu botên wontên tiyang ingkang badhe pitados, inggih punika saking mokalipun ngantos botên lumêbêt ing nalar babarpisan. Eman sangêt, dene pungkasaning cariyosipun tiyang rosa punika kadhangkala sok amêmêlas. Kados ta:

Ing Sêrat Torèt wontên cariyosipun: Simson, inggih punika satunggiling tiyang ingkang saklangkung rosa sangêt, ngantos dipun èringi ing sasamining gêsang, saking rosanipun Simson, ngantos ing satunggiling dintên piyambakipun dipun êbên kalihan singa barong, wontên ing salêbêtipun campuh, Simson nyuwèk cangkêming singo barong, ngantos dumugi tiwasipun. Kakiyatanipun Simson ingkang angedap-edapi wau, andadosakên girising mêngsahipun, amila mêngsahipun inggih lajêng tansah ambudidaya murih sagêd amrêjaya dhatêng pun Simson wau. Ingkang punika mêngsahipun wau lajêng ambujuk dhatêng semahipun Simson, supados puruna suka sumêrêp mênggahing pêjah gêsangipun Simson. Ing sarèhning semahipun wau nunggil bôngsa kalihan mêngsahipun, ing wusana dangu-dangu inggih lajêng kasumêrêpan, inggih punika dumunung wontên ing rambutipun. Cêkaking cariyos, nalikanipun Simson tilêm, rambutipun nuntên dipun kêthok dening ingkang èstri saha sasampunipun lajêng kaprêjaya.

Wontên cariyos Jawi ingkang saèmpêr kalihan cariyos nginggil wau, inggih punika lêlampahanipun Radèn Rôngga, putra Panêmbahan Senapati. Kakiyatanipun Radèn Rôngga wau saklangkung anggènipun ngedap-edapi ngantos adamêl kuwatosipun ingkang rama, ing ngandhap punika badhe ngandharakên sawatawis mênggahing kalangkunganipun Radèn Rôngga wau:

Nalika Panêmbahan Senapati sinowanan ing

--- 724 ---

utusan Pajang, ing alun-alun kadhawuhan ngawontênakên bêksan lawung, Radèn Rôngga enggal umatur dhatêng ingkang rama supados kaparênga andhèrèk bêksa. Wontên ing alun-alun Radèn Rôngga lajêng ngatingalakên kalangkunganipun ingkang andadosakên panjêngêring para ingkang sami ningali. Lawungipun Radèn Rôngga saking awratipun kêdah dipun gotong dening tiyang wolu. Lawung ingkang samantên awratipun wau dening Radèn Rôngga dipun umbul-umbulakên mawi asta satunggal ngantos inggil sangêt, saha lajêng tinampenan ing kempol tuwin dhadha tanpa wontên pinggêtipun babarpisan.

[Grafik]

Karosaning calon sawung patohan.

Kajawi punika, Radèn Rôngga dipun cariyosakên manawi tindak botên nate krêsa sumingkir, sanadyan wontên ing margi amanggiha rubeda ingkang angèl dipun têrak. Kacariyos, kala kalêrês tindak dhatêng Pathi, wontên ing magimargi. Radèn Rôngga kaprêgok ing sela agêng, Radèn Rôngga botên krêsa sumingkir sajangkah, sela lajêng kajêjak sumyur dados glêpung.

Eman sangêt, dene ing wusananipun Radèn Rôngga lajêng kumawani nindakakên pandamêl ingkang botên prayogi, inggih punika nyuwèk cangkêming pandhita ingkang pinuju mara tapa wontên ing sangandhaping rêdi ngantos dados tiwasipun. Ingkang makatên wau andadosakên dukanipun ingkang rama kanthi sangêt. Ing wusana Radèn Rôngga lajêng pinêjahan sarana dipun êbên kalihan sawêr naga, awasta: Jalangên.

Nitik kawontênanipun cariyos kêkalih ingkang kasbut ing nginggil punika, tamtu kathah ingkang botên pitados dhatêng karosan ingkang samantên punika, awit sadaya wau lajêng kagalih botên kalêbêt ing nalar. Ananging kuwasaning Pangeran punika sok botên kenging kinintên, manawi Pangeran krêsa badhe nitahakên punapa kemawon ingkang langkung saking mêsthinipun, tamtu inggih sagêd kalampahan. Sintên sumêrêp, bilih ing têmbe badhe wontên lêlampahan ingkang langkung anèh malih tinimbang kalangkunganipun Simson tuwin Radèn Rôngga wau.

Sanadyan dumugining samangke dèrèng wontên kabaripun, [kabaripu...]

--- 725 ---

[...n,] wontên tiyang rosrosa. ingkang sagêd nyamèni kalihan Simson utawi Dèn Rôngga wau, kewadeneewadene. inggih kêrêp kemawon kamirêngan waryosipun,wartosipun,. bilih ing Eropah utawi Amerikah wontên tiyang ingkang karosanipun langkung saking mêsthi, kados ta gambar ingkang kacêtha ing sisih punika, yambaripungambaripun. sinyo Helmut Lichtenfeld lare ing Oranienburg sacêlakipun kitha Bèrlin, nagari Jêrman. Sanadyan umuring lare wau sawêg 8 taun, ananging sarana tanganipun kemawon sampun sagêd ambêngkêlukakên tosan wiyaripun 3 c.M. lan kandêlipun 1½ c.M., punapa punika botên kenging kawastanan karosan êngkangingkang. langkung saking mêsthinipun, iba rosanipun manawi lare wau sampun diwasa.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Lulus iksamên wêkasan ing K.E.S Surabaya, ingkang bôngsa tiyang siti tuwin Tiyonghwa, ing golongan Bouwkunde: Gan Kian Kie, Han Tjwan Tjioe, M. Katam, Nie Tjiam King. Golongan Weterbouwkunde M. Abdulsarip Kusnandar, Kiam Tjwie Hwa, M. Munandar, M. Sukandar. Golongan Werktuigkunde: Saraya, Ahsan Amad, Kajad Kandar, R.M. Utara, M. Pikumahu, Ruslani. Golongan Electrotechniek: Oen Bian Hong, M. Suwarna.

Katêtêpakên dados lid Hollandsch Inlandsche Onderwijscommissie: W.C. van der Meulen, Khouw Kim An, R P.S. Gôndakusuma.

Wontên pawartos, botên dangu malih Tuwan Takei badhe dumugi ing ngriki, wigatosipun badhe analiti bab panggaotan putra, lan gêgayutan bab punika, ugi badhe dhatêng Sumatra.

Sawênèhipun bôngsa Arab nama Sèh Omar ing Pal Mriyêm Mèstêr Kornèlis, nuju lumampah anglangkahi ril sêpur, saking kirang pangatos-atosipun, dilalah kesaut sêpur èlèktris ingkang mlampah rikat, mancêlat nandhang tatu sangêt ing badanipun, lajêng kabêkta dhatêng griya sakit wusana ngajal.

Kala ing dintên Sêtu kêpêngkêr saking Batawi ngangkatakên tiyang komunis cacah 200 dhatêng Nusakambangan. Pakunjaran wau sawêg kemawon dados, nuntên badhe dipun isèni tiyang saking pakunjaran ing Glodhog nêm atusan.

Angsal panarimah saking pamarentah Tuwan E. Gobee up amtênar, wd. parampara babagan tiyang siti. Tuwin J.W. Meyer Ranneft, asistèn residhèn ing Pathi, tuwin Radèn Tumênggung Sumitra Kalapaking Burbanagara, bupati ing Banjarnagara. Sadaya wau sami katrimah anggènipun tumindak ing damêl mariksa prakawis rêrêsah ing Bantên kala wulan Nopèmbêr 1926.

Pangagêng ing kantor pos ing Surabaya nglapurakên dhatêng pulisi, bilih wontên satunggaling poppos. wisêl isi arta f 170.- dhatêng pirmah Daishin dipun pêndhêt ing tiyang mawi tèkên palsu. Dèrèng kasumêrêpan sintên tiyangipun.

Wontên pawartos, benjing salêbêtipun wulan Sèptèmbêr, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana badhe têdhak dhatêng Borneyo. Têdhak dalêm wau botên kalihan baita Krakatao utawi pêlikan, awit palabuhan ing Banjarmasin punika cèthèk.

Radhio ing Pulo Panjang martosakên, sasampunipun sadintên sadalu kèndêl, kawahipun Krakatao lajêng kêtingal tumandang malih, ing salêbêtipun 24 jam pinanggih blêdhosan kaping 780, ingkang inggil piyambak ngantos 250. Lajêng malih toya ambêkluthuk kaping 1065, balêdhosan botên kapetang, toya muncrat minggah kaping 98. Ebahing siti karaos kaping 41 saking prênah lèr kidul, tuwin kaping 15 prênah wetan kilèn.

Ing Surabaya mêntas wontên parêpatan bonipun para Ind. Arts, wontên ing apdhèling Surabaya. Angangkat bêstir enggal inggih punika Tuwan Slamêt Bunyamin, tuwin Suryatin sadaya wau minôngka pursitêr, sèkrêtaris tuwin panêngmistêr. Panêdhaning apdhèing supados dhoktêr Sutama supados dipun angkat dados up bêstir, nanging botên dipun sayogyani, awit panjênênganipun wau sampun dede Ind. Arts.

Ing kursus enggal bab instrumentmaker tuwin glasblazer

--- 726 ---

ingkang sambêt kalihan pamulangan luhur, ingkang nglêbêti wontên tiyang wolung dasa, dene ingkang katampèn namung gangsal wêlas.

Dèrèng dangu ing Cangklèk, Cianjur, mêntas wontên pabrik tèh gadhahanipun tilas pangulu ing Cianjur, wontênipun pabrik punika andadosakên bingahipun tiyang ingkang gadhah tanêman tèh ing sakanan-keringipun ngriku, awit botên prêlu sade tèh dhatêng sanès panggenan, ingkang têbih-têbih dunungipun.

Awit saking pambudidayanipun golongan sèndhêng Protestan ing Ngayogya, wiwit wulan Juni ngajêng punika, ing Standaardschool gadhahaning sèndhêng ing Klitrèn, badhe dipun wontênakên sêkolahan Malayu Tiyonghwa, sarana pangajaran bèbêl. Ing wiwitanipun badhe namung sabên sontên kemawon, laminipun tiga têngah jam, pangajaranipun kados Standaardschool dipun wêwahi pangajaran bèbêl. Bilih angsal pambiyantu saking bôngsa Tiyonghwa, lajêng badhe ngadani damêl griyanipun.

Wontên pawartos, bilih botên dangu malih putranipun sèlêpbêstir dhêr ing Ajong, Tuwan T. Oemar saking Singkêl badhe dhatêng Eropah. Panjênênganipun wau putraning kapala bôngsa Acèh ingkang dhatêng nagari Walandi, ing sasampunipun wontên utusan, Acèh sowan Pangeran Maurits ing abad 17.

Botên dangu malih ing Kilèn Praga tuwin Gunung Kidul badhe dipun wontêni poliklinik, oto gadhahanipun Petronelah Hospital.

Kawartosakên, los kabudidayan kinah ing Gunung Kasur Bandhung, mêntas kêbêsmèn, ngantos têlas-têlasan, môngka pinuju kêbak kinah, kapitunan f 12.000.

Lulus saking H.K.S. wêkasan: 1 Agustan, 2 Abdul Muntalib, 3 Darsana, 4 Isdiman, 5 Kusayamwardi, 6 Marnitma, 7 Mohamad Anwar, 8 Mohamad Jalil, 9 Mohamad Ajam, 10 Ngusman, 11 Jurwadi, 12 Siswaya, 13 Sujadi, 14 Sukayat, 15 Sumarjita, 16 Sumarna, 17 Suratman, 18 Sutarmadi, 19 Suwandi, 20 Tarjan, 21 Tarkiya, 22 Pasimin. Ingkang nglêbêti iksamên 25 botên angsal damêl 3.

Panjênênganipun Mistêr Sunarya, jalaran saking gêgayutan padamêlan, ing sapunika kèndêl saking anggèning dados lid redhaksi Bintang Indhiya.

Residhèn ing Sumatra pasisir kilèn, mratelakakên bilih botên makèwêdakên H.A. Salim ngambah dhatêng bawahipun. Ing sapunika Tuwan Salim wontên ing Palembang.

Miturut kathahing swara ing rêgènsêkap sêrad, amanah prêlu ngawontênakên sêkolahan Mulo ing Bantên, tuwin ugi nayogyani wontênipun sêkolahan Industrie.

Usul ing bab pabrik mêrcon supados kaasta ing parentah, botên kaparêngakên, awit kauntunganipun namung sakêdhik, dene bab panjagining kawilujêngan, punika cêkap dipun wontêni pranatan ingkang kêncêng.

Benjing tanggal kaping 19 wulan punika, residhèn Madiun badhe nglêmpakakên para bupati ing bawahipun, prêlu ngrêmbag badhe têmpukipun konpêrènsi para bupati benjing tanggal kaping 28 ugi wulan punika, ingkang badhe dipun jênêngi ing Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral.

Pawartos saking Rêdhaksi

Lêngganan nomêr 2113 ing Dhèmpèt, Dêmak. Pitakenan 1. Redhaksi botên nampèni karangan ing sanginggilipun ingkang kapacak ing Kajawèn nomêr 28-29, nanging kados sampun cêkap angewahi ungêl-ungêlan anyambêti karangan ing bab lare rêmên jajan punika kaanggêp botên wontên kemawon (Kajawèn nomêr 28-29 kaca 541). 2. Sampun kapacak ing Kajawèn nomêr 37. 3. Sampun kawrat ing rêmbagipun Petruk. 4. Pamrayogi makatên punika, sanadyan nyata paedah, nanging ngindhakakên kathahing waragad, ngèngêtana bilih rêgining Kajawèn sampun mirah sangêt. 5. Sampun kaewahan miturut pratelan panjênêngan. 6. Bale Pustaka sade buku ulah raga, rêgi f 0.90. 7. Buku bab olah-olah botên wontên, Kajawèn anyondhongi pamrayogi panjênêngan.

Lêngganan nomêr 1237 ing Têmanggung. a.b.c. sampun kalampahan sadaya. d. Bale Pustaka botên ngêdalakên buku ing bab babagan agami, lan ugi botên anampèni karangan babagan makatên. Kauningana.

Lêngganan nomêr 767 ing Kroya. I. Bab pamrayogi panjênêngan, murih pakabaran warni-warni dipun wêwahi dados kawan kaca, punika kirang prayogi, awit Kajawèn punika kalawarti Minggon dede kabar padintênan, dados namung mêthik ingkang prêlu-prêlu kemawon. II. Bab waosan satamatipun Rajaputri ing Seba supados ngangge waosan Babad Tanah Jawi gancaran, badhe karêmbag rumiyin, nanging miturut kaparênaning para maos, kados rêmên maos cêcariyosan ingkang kados sapunika. III. Ing bab para sêpuh botên purun dipun ngabêktèni tiyang wawrat, punika manawi mêndhêt saking tata lairipun, kêbêkta namung saking tiyang èstri ingkang nuju wawrat punika rêkaos tumungkal-tumungkul. Nanging manawi mirid cêcariyosan, bayi ingkang taksih wontên kandhutan punika samar, bokmanawi gadhah kaluhuran ngungkuli ingkang dipun ngabêktèni, mila para sêpuh botên purun dipun ngabêktèni.

--- 727 ---

Wêwaosan

Sêsupe Agêmipun Rajaputri ing Seba

37. Anggènipun badhe ngluwari tanpa damêl

Kanthi sakalangkung gumuning manah kula tansah nyawang dhatêng Propesor Higgs, amargi kula botên ngintên babarpisan, bilih sayêktos kula sadaya punika badhe sumêrêp dhatêng Propesor Higgs malih. Ananging pun Orme lajêng ngadêg alon-alonan saha wicantên kanthi sabar makatên: o, iya, pancèn Propesor Higgs têmênan. Ayo rikat Shadrach, andhane pasangên, lan kowe tumuli mudhuna dhisik, prêlune supaya aku wêruh, yèn kowe iku ora nedya ngapusi aku.

Sang putri anyêlani pangandika: botên, botên, sagawon punika botên prêlu tumindak, awit saking anggènipun sêsobatan kalihan tiyang Fung punika, piyambakipun tamtu botên badhe wangsul malih. Salajêngipun sang putri lajêng ngandika dhatêng Japhet, inggih punika tiyang parêdèn kasêbut nginggil makatên: he, Man, kowe mudhuna dhisik, lan sajrone bandara iki mandhap ing ôndha, pungkasaning ôndha cêkêlana sing kêncêng, dene yèn panjênêngane sagêd kondur manèh kanthi wilujêng, ganjaran kang tak paringake bakal tak tikêli.

Japhet urmat mawi ngangkat tangan, andhanipun nuntên dipun pasang, lan pungkasaning ôndha dipun dhawahakên mèpèt dhatêng tembokaning curi ingkang kasar, ingkang mujudakên rambuting buntut singa barong. Japhet lajêng ngadêg sakêdhap wontên sangajênging ôndha kalihan andangakandhangak. tuwin tanganipun dipun umbulakên, bokmanawi kemawon sawêg sêmbayang. Salajêngipun piyambakipun nêdha dhatêng salah satunggiling kancanipun, supados anyêpêngana ôndha ingkang kêncêng sayêktos. Sasampuning anyobi sarana sukunipun, punapa gumantunging ôndha punika kêncêng, Japhet lajêng mandhap kanthi sabar saha kêndêl ing manah, lan botên watawis dangu dumugi ing pongolan curi ing sisih ngrika.

Samangke gêntos Olivier ingkang kêdah mandhap. Olivier nganthuki sang putri, ingkang kala punika kêtingal pucêt kados pêthaking mori, saha umatur punapa-punapa dhatêng sang putri, ingkang kula botên mirêng. Makatên ugi pun Olivier Orme lajêng suka tabik dhatêng kula.

Kula abisik-bisik makatên: yèn kowe bisa, anakku lanang kae uga tulungana.

Orme mangsuli: iya, bakal tak lakoni kanthi tumêmên, bisane ngrêbut anakmu mau.

Salajêngipun Orme wicantên dhatêng Sêrsan Quick makatên: he sêrsan, yèn aku nganti nêmoni apa-apa, kowe kudu mêruhi wajibmu dhewe.

Quick mangsuli kanthi swara gêtêr: kula sumêdya nyobi nulad sadaya tindak ingkang sampun panjênêngan tindakakên punika, sanadyan ta punika tamtunipun angèl.

Olivier lajêng mancik ôndha, miturut petangan kula, manawi sampun mandhap kalih wêlas utawi kawan wêlas pêcak sampun dumugi. Kala mandhap dumugi sapalihipun, lampahipun kanthi sabar tur tanpa uwas, ananging sarêng dumugi ing têngah-têngah lêrês, wontên ingkang lêrês gandhenganing ôndha kakalih, papan ingkang dipun pasang wontên ing ngriku, punika anggèsrèk manêngên sakêdhik ingkang anjalari Olivier mèh kemawon dhawah mangandhap. Olivier glayaran nyobi badhe lajêng lampahipun, nanging sêmang-sêmang, kèndêl malih saha lajêng mangandhap alon-alonan rêrambatan sarana tangan saha dhêngkulipun.

Sang putri anjêlih: adhuh, adhuh.

Pangeran Josua nyuwara ingkang sajak botên sagêd ngampêt bingahing galih makatên: wong buda kae ilang pikirane, dhèwèke bakal...

Pangeran Josua botên sagêd anglajêngakên pangandikanipun amargi Sêrsan Quick lajêng nêmpuh dhatêng panjênênganipun kanthi ngêcungi bithi tuwin wicantên mawi basa Inggris makatên: he mênênga cocotmu: cèlèng, yèn kowe ora nêdya nututi dhèwèke. Ing salajêngipun Pangeran Josua ingkang botên mangrêtos dhatêng pitêmbunganipun, ananging mangrêtos dhatêng pangancamipun Sêrsan Quick lajêng kèndêl.

Tiyang parêdèn ingkang sampun wontên sisih ngrika ambêngok makatên: sampun kuwatos punapa-punapa, andhanipun kiyat.

Sasampunipun Orme jèngkèng sakêdhap malih, lan salajêngipun kula sadaya angawasakên piyambakipun kanthi uwasing manah, salajêngipun Orme nuntên ngadêg saha lumampah dhatêng sisih ngrika kanthi sakeca.

Quick lajêng matur dhatêng Pangeran Josua: tumrap golongan kula tumindakipun lêrês. Dhuh sang putri, punapa panjênêngan botên tumut bingah. Salajêngipun Quick nuntên andhingkluk saha angrêbat dêdamêl ingkang dipun asta ing Pangeran Josua, dene tingalipun Pangeran [Pa...]

--- 728 ---

[...ngeran] Josua tansah pandêlikan mandêng dhatêng Quick. Wicantênipun pun Quick: botên, botên, ladinge niku sampeyan kèndêlake mawon, mangke ontên ing donya ngriki mundhak ontên babi satunggal pêjah dadakan.

Sang putri ingkang nguningani kawontênan wau lajêng rawuh misah saha ngandika: dhuh paman, tiyang ingkang kêndêl-kêndêl, sami wani ngêtohakên nyawanipun mriki, dene kula sadaya sami ngeca-eca linggih wontên ing ngriki. Samangke kula aturi kèndêl, sampun anglajêng-lajêngakên anggènipun pasulayan punika.

Sasampunipun ngaso sakêdhap, murih sagêdipun ngasokakên ambêgan tuwin punapa manahipun sagêd têntrêm malih, Orme lajêng ngadêg saha dipun rumiyini Japhet, lajêng mènèk pongolan curi ingkang wontên tanêmanipun, ngantos dumugi sèrèting buntut rêca singa barong. Wontên ing ngriku Orme ngobat-abitakên kacunipun dhatêng kula sadaya, saha lumampah wontên sawingkinging tiyang parêdèn wau, sajakipun tanpa kuwatos babarpisan. Lampahipun dumugi enggak-enggoking buntut badaning dewa singa barong. Wontên ing ngriku angèl sagêdipun mènèk pongolan curi agêng, ingkang mujudakên gêgêring dewa singa, ananging botên dangu inggih sagêd dumugi ing ngriku, lan kula sadaya sumêrêp kalih-kalihipun têrus lumampah ngantos dumugi sacêlaking pundhak singa, ing ngriku Propesor Higgs ngadêg mêngkêrakên kula sadaya, dados botên sumêrêp dhatêng ing sawingkingipun sadaya.

Olivier nglancangi Japhet murugi propesor, saha lajêng ngêplèk-êplèk tanganipun. Propesor Higgs lajêng ngaso, nyawang dhatêng pun Orme, saha kala samantên saking gumunipun lajêng linggih. Orme kalihan pun Japhet ngangkat Propesor Higgs, salajêngipun Orme nêdahi curi sawingingipun saha sajakipun lajêng nyariyosakên mênggahing kawontênanipun, salajêngipun sami pêpabênan cêkak-cêkak kalihan sraweyan. Sarana kèkêr kula sadaya sagêd nyumêrêpi, bilih Higgs gèdhèg-gèdhèg. Higgs cariyos punapa-punapa dhatêng Orme, pungkasanipun Higgs lajêng botên kêtingal, ing têmbe wingkingipun kula mirêng pawartos, bilih kesahipun Higgs wau, prêlu badhe mêndhêt anak kula jalêr, awit manawi botên kalihan anak kula jalêr, Higgs botên purun dipun luwari.

Ingkang makatên wau namung sakêdhap botên langkung saking samênit, ananging tumrap kula sadaya, dangunipun saksat satus taun. Kala punika lajêng kêmirêngan swaranipun tiyang ambêngok. Topinipun pêthak Propesor Higgs lajêng katingal malih, botên dangu badanipun ingkang dipun cêpêngi ing tiyang jagi bôngsa Fung kakalih kanthi kêncêng. Propesor Higgs lajêng ambêngok kanthi basa Inggris, lan pambêngokipun wau kamirêngan ing kula sadaya lamat-lamat makatên: ayo enggal padha mlayua, brakasakan-brakasakan iki tak cêkêlane, enggal lumayua wong kênclung.

Olivier kêtingal gajêg-gajêg, sanadyan kala punika Japhet anggèrèt lumajêng dhatêng piyambakipun ngantos lajêng kêtingal têtiyang Fung pintên-pintên dhatêng. Samangke Olivier lajêng ambalik kanthi sraweyanipun sajak botên gadhah pangajêng-ajêng malih saha lumajêng. Ingkang lumajêng rumiyin Olivier kanthi dipun kinthil ing Japhet, wingkingipun tiyang kakalih wau kapalaning agami tuwin prajurit jagi tiyang Fung pintên-pintên, ingkang sami ngobat-abitakên ladingipun, dene sawingkingipun tiyang sadaya wau Higgs garonjalan wontên sanginggiling curi kalihan nyêpêngi tiyang kakalih.

Saking badaning dewa wau Orme lajêng mlorod dumugi buntutitpun, kanthi dipun êtutakên dening Japhet. Dene sawingkingipun tiyang kêkalih wau wontên tiyang Fung têtiga ingkang nututi, sajakipun botên manah babarpisan bilih punika ambêbayani. Makatên ugi pun Olivier kalihan Japhet katingalipun inggih botên manah bab bêbaya punika, amargi lampahipun Olivier ambêngkuk kados tiyang ambalap, saha lajêng anyandhak ôndha. Botên watawis dangu piyambakipun sampun dumugi ing têngah-têngahing ôndha, kala punika dumadakan pun Orme mirêng panjêlihing kancanipun, ing ngriku wontên tiyang Fung nyandhak sukunipun Japhet ingkang anjalari Japhet tansah mêngkurêb wontên ing ôndha.

Olivier lajêng mandhêg kalihan mêndhêt pistulipun saha lajêng mistul tiyang Fung wau lajêng ngêculakên sukunipun Japhet, tanganipun anjêpaplang saha dhawah mangandhap lêbêt. Salajêngipun ingkang kula èngêti tiyang kêkalih wau sampun dumugi ing ngajêng kula sadaya, lan lajêng wontên salah satunggal ingkang wicantên murih andhanipun dipun tarik minggah.

Quick awicantên: botên dipun antawisakên rumiyin.

Ing sakawit kula botên mangrêtos sabab-sababipun, salajêngipun kula sumêrêp tiyang Fung têtiga anututi, lampahipun rêbatan rumiyin sami langkah-langkahan pundhak, dipun suraki dening kônca-kancanipun.

Sêrsan Quick awicantên: sadhèrèk-sadhèrèk, môngga sapunika dipun tarik minggah. Kula sadaya inggih lajêng tumandang.

Mêmêlas sangêt têtiyang Fung punika, pancènipun têtiyang kêndêl-kêndêl ingkang kados makatên wau, botên manggih tiwas kados punika.

Salêbêtipun Quick nyanjatani têtiyang Fung sanèsipun ingkang kala punika sami ngêmpal wontên gêgêring dewa, piyambakipun awicantên makatên: sadangunipun kêdah dipun jagi murih mêngsah punika tansah kecalan kônca. Ananging botên watawis dangu malih kawontênanipun têtiyang Fung ing ngriku botên kenging dipun tanggulangi malih, saha lajêng kesah saking ngriku, kajawi têtiyang sawatawis ingkang pêjah utawi tatu taksih gumlethak wontên ing ngriku. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 40, 29 Dulkangidah, Taun Jimakir 1858, 19 Mèi 1928, Taun III

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [749] ---

Ôngka 40, 29 Dulkangidah, Taun Jimakir 1858, 19 Mèi 1928, Taun III

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Payakomboh

[Grafik]

Adining sawangan ing nginggil punika, kados anggambarakên adining wit kalapa ingkang tuwuh ing ngriku, botên beda kados ratu ingkang ngadhaton wontên ing papan kasantosan.

--- 750 ---

Raos Jawi

Pasarean ing Sarawiti

Ing Kajawèn nomêr 39 nyariyosakên ing bab antênging pikir, tuwin panutupipun badhe nyariyosakên ing bab pasarean ing Sarawiti, ingkang kagathukakên kalihan raos Jawi.

Ing sadèrèngipun nyariyosakên kawontênanipun pasarean ing Sarawiti, kados prayogi angandharakên sawatawis ing bab karêmênanipun bôngsa Jawi prakawis anggothak-gathukakên kawontênan ingkang sèlèhipun lajêng dipun laras dhatêng raos kasunyatan. Sayêktosipun bab ingkang kados makatên punika manawi dipun laras kalihan kawontênanipun ing sapunika nama sampun botên anjaman, nanging manawi dipun manah malih sadaya kawontênan punika, kados kenging kemawon dipun gothak-gathukakên tuwin dipun encokakên kalihan kawontênaning manungsa, amargi tumindaking pambudi ingkang kados makatên wau inggih nama pangasahing nalar, ingkang botên nyêbal saking akal budi, namung kemawon tiyang kêdah nyumêrêpi dhatêng ukuran, pundi ingkang lêrês tuwin pundi ingkang nyêbal saking lêrês, amargi manawi botên dipun kawekani makatên, lajêng adhakan dados gugoh tuhon, lan malih pasarean ingkang kacariyosakên punika, namung badhe kalèrègakên dhatêng raosing badanipun piyambak.

Lan kacariyosakên malih, bilih Kangjêng Sunan ing Kalijaga punika sumare ing Dêmak, nanging ingkang badhe kacariyosakên punika inggih pasareanipun kangjêng sunan wau, lan kawontênanipun inggih sampun botên beda kalihan pasarean limrah punika. Ingkang makatên punika inggih sampun dados pitakenan, kadospundi mênggahing kawontênanipun ingkang nyata. Pitakenan ingkang kados makatên punika mênggahing limrahipun, pasarean ingkang nyata inggih ingkang wontên ing Dêmak, awit punika ingkang sampun dipun saksèni ing akathah tuwin sampun katêtêpakên ing panjênêngan nata Jawi, dados wontên èmpêripun manawi ing Sarawiti punika namung patilasan. Nanging tumrap tiyang ingkang mêmundhi dhatêng pasarean ing Sarawiti, tamtu kêkah anggènipun mastani, bilih punika ingkang pasareanipun yêktos, dene manawi dipun inggahakên malih miturut cêcariyosan, malah Kangjêng Sunan Lèpèn (Sunan Kalijaga) punika botên seda, punika namung kasumanggakakên dhatêng para maos, awit ujar ingkang kados makatên wau kêtingal anggènipun nyêbal ing nalar, sagêdipun mencok kêdah namung rinaos dados pasêmon. Cêkap namung samantên.

Ing sapunika wiwit badhe nyariyosakên kawontênanipun pasarean ing Sarawiti wau, lan murih runtutipun, cariyos wau mawi kasêlanan pangothak-athik minôngka pasêmoning agêsang.

Pasarean ing Sarawiti punika dumunung wontên sapucaking rêdi, bawah ondêran dhistrik Pancêng, Surabaya. [Suraba...]

--- 751 ---

[...ya.] Wujuding rêdi anggarêmbêl, pucakipun papak kados meja, manawi dipun tingali saking Sidayu tuwin saking Karangbinangun, tuwin saking kanan keringipun, katingal cêtha angegla cakêt kemawon, wujudipun anêngsêmakên, tiyang tamtu kêtarik ing manah nêdya dhatêng ing ngriku.

Kawontênan ingkang kados makatên punika kados pasêmon, bilih Sarawiti punika upaminipun dununging kasunyatan. Dados têtela sangêt manawi kasunyatan punika pancèn nêngsêmakên. Sok tiyanga tamtu kapengin badhe nyatakakên, awit kawontênanipun cêtha, yèn dipun lampahana kêtingal cakêt kemawon, tiyang botên badhe wêgah amurugi.

Katingalipun pasarean ingkaingkang. cakêt wau, nyatanipun têbih angêlangut, dipun sangkani saking pundi kemawon, botên wontên marginipun ingkang sakeca, nênumpak inggih namung mandhêg wontên ing papan têbih, lajêng taksih dharat, manawi saking sisih kidul marginipun turut padhusunan, nanging têbih, awit botên sagêd ngancas. Manawi mêdal êlèr, ragi cêlak, nanging nasak wana pajatèn. Dados kenging dipun wastani, dipun sangkanana saking pundi kemawon botên wontên ingkang sakeca.

Punika dados pasêmon, bilih kasunyatan punika namung gampil wontên ing pangintên, nyatanipun namung sarwa èwêd-pakèwêd, dene tiyang manawi nêdya angantêpi badhe andumugèkakên, kêdah purun angambah margi èwêd-pakèwêd, lan kêdah dipun lampahi kanthi antêping manah.

Têtiyang ingkang nêdya mriku tamtu angraosakên ngêlangutipun ingkang dipun purugi, kêtingalipun kados sampun cakêt, nanging jêbul botên dumugi-dumugi, nanging dangu-dangu inggih dumugi sukuning rêdi wau.

Ing ngriku tiyang ingkang lêlampah ngraos kasok ing sayahipun, lajêng kèndêl wontên ing sêndhang, angasokakên sayah, awit sumêrêp dumuginipun ing nginggil badhe ngambah margi ingkang nyêngkrèk sangêt. Wontên ingkang kèndêl adus, wisuh, sawênèh namung ngasokakên badan kemawon.

Punika sanyata bilih tiyang ingkang tumindak ing sêdya kados makatên punika tamtu ngraosakên rêkaos, malah ngantos sayah sangêt mêksa dèrèng dumugi, nanging tamtunipun mantêp lan mangrêtos, bilih lampahipun dèrèng dumugi, lan inggih badhe dipun lajêngakên malih. Dados mênggahing pangasonipun wau sayêktosipun namung dados pasêmon. Bilih kèndêlipun punika andangokakên lampah, awit salêbêtipun kèndêl wau, saupami badhe anglajêngna lampah sampun saya têbih. Nanging ugi botên wontên awonipun, awit kèndêlipun wau botên badhe ngêndhoni sêdyanipun, nanging tumindak ing sasakecanipun, lan malih mênggahing sayêktosipun, lampah lumintu punika malah ngungkuli lampah ingkang nyêngka, makatên ugi, ing bab kèndêlipun punika, atêgês, bilih tumindak ing lampah makatên punika kêdah ngraosakên, awit sadaya lêlampahan punika karaosipun manawi tiyang sampun angêcaki dhatêng sagatungl-satunggalingsatunggal-satunggaling. raos ingkang dipun ambah. Dados mênggahing kajêngipun lajêng tuwin kèndêl punika sami kemawon, sadaya namung gumantung ing tekadipun. Badhe kasambêtan.

--- 752 ---

Rad Kawula

Pèngêtan Adêging Rad Kawula sampun 10 Taun

Ing tanggal 15 wulan Mèi punika, kalêrês dhawahing dintên sadasa taunipun nalika Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral Graaf van Limburg Stirum ambikak parêpatan rad kawula ingkang kawitan. Para ingkang sami anjênêngi parêpatan kala samantên, tamtu tansah sami èngêt, sapintên raosing bingahipun para kawula Indhiya sadaya, dhatêng wontênipun rad kawula wau. Bingahipun para kawula punika mila sampun salêrêsipun, awit sadèrèngipun wontên rad kawula, prakawis-prakawis ingkang wigatos, ingkang gêgandhengan kalihan kaprêluwanipun tanah Indhiya, punika ingkang ngrêmbag namung pamarentah piyambak, ananging sarêng wontênipun rad kawula, wêwakiling rakyat inggih lajêng dipun parêngakên andhèrèk ngrêmbag bab-bab wau.

[Grafik]

Gêdhong rad kawula.

Ing sadèrèngipun angrêmbag ing bab pèngêtaning rad kawula, prayogi angrêmbag rumiyin ing bab kawontênanipun paprentahan tanah Indhiya ing sadèrèngipun wontên rad kawula.

Ing kala rumiyinipun, paprentahan ing tanah Indhiya punika kenging dipun wastani namung dipun asta ing asta satunggal, inggih punika pamarentah ingkang dêdunung ing Batawi utawi Bogor. Tumrap rantaman ing tanah Indhiya, punika ingkang nêtêpakên inggih namung pamarentah wau. Saking pundi angsaling arta, tuwin arta wau manawi sampun ngalêmpak, tumanjanipun [tuma...]

--- 753 ---

[...njanipun] dhatêng kabêtahan warni-warni, ingkang nêtêpakên inggih badan satunggal punika kemawon, dados cêkakipun bêgja cilakaning têtiyang Indhiya ugi namung gumantung ing bêbadan wau. Cara paprentahan ingkang makatên punika, sagêd ugi dipun mathuki para kawula sadaya, nanging sagêd ugi namung dipun mathuki kawula saperangan kemawon. Ingkang makatên punika sampun tamtu botên adamêl pamarêming rakyat, saya malih manawi rakyat botên lêga manahipun, utawi manawi gadhah pêpenginan utawi sêdya punapa-punapa, botên sagêd anglairakên raosing manahipun wau. Dangu-dangu watêk sasami-sami punika saya lumêbêt ing tanah Indhiya saha rumasuk dhatêng sanubarining têtiyang Indhiya. Satêmah pamarentah lajêng anggalih, bilih sampun wancinipun, têtiyang pribumi angsal bagian tumut ngrêmbag pangêmbating praja.

[Grafik]

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana J.P. Graaf van Limburg Stirum.

Ing taun 1916 ewah-ewahaning pranatan praja ingkang sampun kagalih wau, punika katingal gumolong, ing ngriku lajêng ngawontênakên badan, ingkang sampun katêtêpan dening wèt, mawi bêbantu wêwakiling rakyat Indhiya, ingkang sagêd anglairakên pamanggihipun mênggah tindaking pamarentah, saha sagêd anglairakên suwaranipun tumrap kaprêluwaning praja ingkang dipun condhongi tuwin ingkang dados pêpalangipun.

Ing wèt 1916, ing anggêr pêpacak pamarentah Indhiya Nèdêrlan (Regeeringsreglement) dipun wêwahi satunggaling bagean ingkang wigatos sangêt, inggih punika bagean 10, ingkang ngawontênakên rad kawula punika. Bagean wau, ing taun 1925 sampun kathah ewah-ewahanipun, saha lajêng apindhah papanipun, dados bagean ôngka 2 ingkang wèt pranatan adêging pamarentah Indhiya Nèdêrlan.

--- 754 ---

Ing sadèrèng-dèrèngipun, Paduka Ministêr de Waal Malefyt sampun kagungan ancas kados ingkang katêmtokakên ing wèt 1916 wau, inggih punika ing taun 1913 panjênênganipuspanjênênganipun. sampun ngusulakên rancangan anggêr ingkang ngêwrat bêbadan wakil, sarta lidipun ingkang sawatawis para amtênar, lid amtênar wau dadosipun wontên ingkang jalaran saking pangkatipun, lan wontên ingkang dipun têtêpakên dening gupêrnur jendral, dene para lid sanès-sanèsipun malih, ingkang saperangan dipun têtêpakên dening gupêrnur jendral, ingkang saperangan malih dipupdipun. pilih ing rad ênggèn-ênggenan (Locale Raden). Dene anggènipun dipun wontêni lid amtênar wau, cupadossupados. anjagi sampun ngantos anglêmparakakên kaprêluwaning têtiyang siti, lan sampun ngantos adamêl kaudtunganingkauntunganing. liyan, ngungkuli sanès-sanèsipun. Ingkang badhe lênggah ing rad wau inggih bôngsa Eropah, bôngsa têtiyang siti, tuwin tiyang ngamônca wetanan. Miturut rancanganing anggêripun ministêr kasêbut ing nginggil. Rantaman Indhiya badhe karêmbag dening rad wau. Sasampunipun Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana anyondhongi dhatêng pamanggihipun rad wau, lajêng nêtêpakên rumiyin rantaman punika. Dene ingkang damêl wèt ing nagari Walandi botên nêtêpakên rantaman punika ing sakarsa-karsanipun. Nanging bêbadan wau botên dipun wajibakên damêl wèt.

[Grafik]

Paduka Dr. J.C. Koningsberger.

Rancangan kasêbut nginggil, punika beda kalihan rancangan-rancangan anggêr damêlanipun Van Dedem (1893) kalihan damêlanipun Fock (1907) ingkang ngrancang wêwahipun rad Indhiya mawi tiyang partikêlir lan ngrancang damêlipun bêbadan wau ugi kapasrahakên tiyang ingkang dede amtênar. Rancanganipun De Waal Malefyt lan salajêngipun wèt 1916 kasêbut nginggil, punika lajêng ngawontênakên bêbadan piyambak sajajar kalihan rad Indhiya, ingkang kawontênanipun botên dipun ewahi babarpisan.

--- 755 ---

Ing têmbe wingkingipun, Paduka Ministêr Pleyte ngusulakên anggêr sanèsipun, ingkang dhêdhasaripun sami kemawon kalihan ingkang dipun usulakên ing ngajêng, ananging sawatawis dipun ombèrakên. Sasampunipun dipun wontênakên ewah-ewahan sawatawis, rancangan anggêr ingkang pungkasan punika lajêng dipun têtêpakên dados wèt. Dene wiwit tumindakipun ing taun 1918.

Salêbêtipun 10 taun punika, rad kawula tansah dipun wontênakên ewah-ewahan pintên-pintên, ewah-ewahan ingkang pungkasan piyambak, inggih punika ing taun 1925.

Kados para maos sampun sami nguningani, bilih wontênipun warga rad kawula punika sarana dipun têtêpakên tuwin dipun pilih. Ingkang dipun têtêpakên punika saking Kangjêng Sri Maharaja Putri tuwin saking gupêrnur jendral, dene pilihan wau saking warganing Locale Raden. Kangjêng Sri Maharaja nêtêpakên warga ingkang dados pangarsaning rad kawula, anggènipun nêtêpakên wau botên kêdah mawang bôngsa. Warga sanès-sanèsipun, kathah-kathahipun namung sapalih ingkang dipun têtêpakên dening gupêrnur jendral, ananging ing ngriku kêdah ngèngêti bôngsa ingkang dipun têtêpakên wau, inggih punika ¼ tiyang siti, tuwin ¾ têtiyang Eropah tuwin tiyang mônca wetanan. Sakêdhik-sakêdhikipun tiyang Eropah tuwin tiyang mônca wetanan, ing ngriku botên dipun sêbutakên.

Para warga ingkang kapilih, punika sakêdhikipun sapalih kêdah tiyang siti, dene kêkantunipun kêdah tiyang Eropah tuwin tiyang mônca wetanan. Makatên ugi kêdah kapratelakakên, dados ing ngriku tansah kajagi, murih kaprêluwanipun tiyang siti punika, sampun ngantos kapintên.

Miturut ewah-ewahan ingkang kantun piyambak, wontênipun warga rad kawula ingkang kapilih sadaya wontên 38, inggih punika 20 warga têtiyang siti, 15 warga bôngsa Eropah, lan 3 warga tiyang mônca wetanan.

Dene warga ingkang katêtêpakên wontên 23, inggih punika 1 warga ngiras pangarsa, 5 warga tiyang siti, 15 warga tiyang Eropah, lan 2 warga tiyang mônca wetanan.

Manawi nitik kawontênanipun rad kawula samangke punika, sanadyan wêwênangipun dèrèng patos wiyar sangêt, nanging jalaran saking kêkêncênganing lid, saha majênging panyambutdamêl, dangu-dangu tamtu badhe kathah munpangatipun tumrap siti lan têtiyangipun, sampun tamtu kemawon, bilih wêwênanging rad kawula punika botên enggal-enggal badhe nyamèni kados wêwênênganing parlêmèn-parlêmèn ing nagari Eropah, nanging ingatasipun sawêg 10 taun, inggih nama sampun sae sangêt. Lan ngèngêtana bilih parlêmèn bôngsa Inggris punika anggèning anggadhahi wêwênang kados samangke punika sasampunipun madêg 100 taun, makatên ugi parlêmèn ing nagari Walandi. Dados ing ngriki katamtokakên, bilih wêwênanging rad kawula, dangu-nadingngudangu-dangu. tamtu badhe sagêd sampurna kados tanah Eropah.

Ing wusana Kajawèn tansah amêmuji: mugi-mugi adêging rad kawula wau sagêda widada ing salajêngipun amêwahana tata karta raharjaning jaman, ingkang tumuju dhatêng kamajêngan.

--- 756 ---

Ekonomi

Jagung

Wiwit jaman kina jagung punika sampun kasumêrêpan ing tiyang, anamung dèrèng wontên ingkang sagêd anêrangakên ingkang sayêktos, mênggah asalipun jagung punika saking pundi. Sawênèhing tiyang anyariyosakên, bilih jagung punika wontênipun ing tanah Jawi ngriki ingkang ambêkta satunggiling tiyang bôngsa Portêgis.

Uwit jagung punika kawastanan têbon, mila kawastanan makatên punika, jalaran wit saha raosipun saèmpêr kados têbu, inggilipun watawis 2 utawi 3 mètêr, godhongipun panjang, uwohipun dumunung ing sêla-sêlaning wit kalihan godhong wau, sêkaripun warni kalih, jalêr lan èstri, ingkang jalêr wontên ing pucuk, ingkang èstri wontên ing ngandhap, rambutipun ingkang katingal punika dados margining glêpung sêkar jalêr lumêbêtipun ing sêkar èstri. Sêkar jalêr manawi kenging angin, glêpungipun sami sumêbar, andhawahi ing sêkar èstri, wusana lajêng mêdal isinipun, kablêbêt ing godhong pintên-pintên ingkang dipun wastani klobot. Salêbêting klobot wau wontên janggêlipun, inggih punika ingkang kêthukulan wiji, sarta wontên rambutipun. Manawi taksih nèm kawastanan: putrèn, kenging dipun kêla, klobotipun kangge êsês, limrahipun dipun godhog kalihan lêgèn, nanging lugunipun kalobot jagung ênèm punika sampun ambêkta lêgi piyambak, nuntên kenging kasade, manawi kalêrêsan malah langkung awis tinimbang jagungipun, nanging ingkang kêlimrah namung ing Jawi Têngah, langkung malih ing Ngayogya tuwin Surakarta.

Jagung punika ingkang genjah, umuripun 100 dintên, uwitipun alit, wontên ingkang umuripun 130 dintên saha uwitipun agêng, kawastanan jagung lêbêt.

Papan pananêmipun jagung punika kados para têtiyang tani sampun botên kêkilapan, inggih punika ing pasabinan utawi ing parêdèn ingkang tênggar. Siti sasampunipun dipun ulah, lajêng dipun panjani, longkangipun 25 - 60 c.M. ing panjan satunggal-tunggalipun dipun dèkèki wiji 2 - 4 êlas, nuntên dipun urugi siti. Wiji ingkang kangge winih kêdah dipun kumbah mawi toya ênjêt, manawi dipun tanêm ing môngsa têrang, wiji wau dipun kum ing toya rumiyin sadintên sadalu, namung manawi pinuju môngsa rêndhêng kirang prêlu. Tanênam jagung punika cêkap kawatun sapisan kemawon, inggih punika yèn sampun ngumur tiga utawi sêkawan minggu, matun lan ngurugi ingkang kaping kalih kenging kasarêngakên kemawon. Sarèhning rajakaya doyan sangêt dhatêng têbonipun, mila kêdah dipun jagi sampun ngantos kêbon jagung kalêbêtan kewan.

Jagung satunggal uwit, ingkang limrah wohipun kalih, nanging ingkang sae, sagêd ngantos tiga utawi sakawan, utawi langkung, sarta agêng-agêng, ingkang makatên punika anandhakakên, manawi jagung [ja...]

--- 757 ---

[...gung] inggih rêmên dhatêng rimatan lan lêmèn.

Wontên ing sabin, jagung punika asring dipun tanêm sasampunipun panèn pantun, manawi wontên ing patêgilan inggih punika ing môngsa rêndhêng. Tiyang parêdèn wontên ingkang nêdha jagung minôngka lintuning sêkul, jagung ingkang dipun têdha makatên punika, dipun damêl sêkul rumiyin, inggih punika: manawi jagung sampun dipun pipil, dipun êkum ing toya sadintên sadalu utawi langkung, lajêng dipun bêbak, kabucal dhêdhakipun. Jagung ingkang sampun tanpa dhêdhak, dipun kum malih wontêna sadalu, sasampunipun lajêng dipun bêbak malih ngantos lêmbat, sarana dipun campuri toya sakêdhik lajêng dipun intêri, prêlunipun supados pating parinthil lêmbat-lêmbat, manawi sampun lajêng sawêg nêmbe dipun êdang, patrapipun kadosdene ngêdang sêkul. Wos jagung asring dipun campuri wos pantun, punika dadosipun sêkul warni pêthak mêmplak, raosipun eca, kajawi dipun damêl sêkul, ugi kenging kadamêl têtêdhan warni-warni, manut kasagêdanipun tiyang ingkang damêl.

[Grafik]

Kêbon jagung saha tiyang ingkang sawêg sami ngundhuhi badhe kabêkta wangsul.

Panyadenipun jagung ingkang wontên ing pêkên, wontên ingkang gedhengan utawi pipilan. Wondene rêginipun jagung botên sagêd anêmtokakên, ngadatipun manawi sawêg pinuju panenan pantun rêginipun ragi mirah, anamung manawi sawêg [sawê...]

--- 758 ---

[...g] pacêklik, inggih awis.

Manawi tiyang badhe milih jagung kangge wiji, kêdah miliha jagung ingkang sampun sêpuh umuripun, saha aos isinipun, sampun dipun oncèki. Manawi sampun dipun gèdhèngi prayogi dipun sampir-sampirakên wontên ing dêling garing kapalangakên ing papan ingkang ragi inggil salêbêting pêngêrêting griya, nanging jagungipun kêdah dipun pe rumiyin ingkang ngantos garing nuntên nêmbe kainggahakên ing panggenan wau.

Kabar Wigatos

Pambikakipun Rad Kawula

Wêdharing sabda pangandika dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Guprênur Jendral.

Kala dintên Slasa tanggal kaping 15 ingkang kapêngkêr punika, parêpatan taunan kawitan rad kawula kabikak dening kangjêng tuwan ingkang wicaksana guprênur jendral kados ingkang sampun-sampun, pambikakipun wau sarana pakurmatan agêng-agêngan, makatên ugi kadosdene sabênipun, kangjêng tuwan ingkang wicaksana amêdhar sabda, kintên-kintên kados ing ngandhap punika:

Rad kawula kalihan pamarentah.

Dhawuh pangandika dalêm ingkang wicaksana, bilih pambikakipun rad kawula ing samangke punika, botên beda kalihan ing taun-taun ingkang kapêngkêr, ugi anggadhahi wos ingkang wigatos.

Miturut dhawuh pangandika dalêm, manawi nitik kawontênanipun rad kawula kala taun ingkang kapêngkêr, kawontênanipun wau prasasat kadosdene rad kawula enggal. Makatên ugi ing kala punika kenging kawastanan sawêg wiwit angancik tumindakipun pranatan nagari kanthi sacêkapipun, ing samangke sarana miturut ungêling ada-ada 5, bab 62 saking pranataning nagari, pambikakipun rad kawula ingkang kanthi pakurmatan agêng punika, dhawahipun têka anyarêngi kalihan dintênipun amèngêti adêging rad kawula sampun 10 taun.

Ing sakawit ingkang wicaksana anglairakên pangandika dalêm, makatên ugi atas asmaning para guprênur jendral kêkalih ingkang dipun gêntosi, bilih pamarentah angrêgèni sangêt dhatêng rad kawula anggenipun ngêmên-êmênakên dhatêng kuwajibanipun, alusing tanduk ing salêbêting rêrêmbagan, tuwin mêntêsing sadaya rêmbag-rêmbag wontên salêbêting gêdhong rad kawula ngriku.

Langkung malih ingkang wicaksana anglairakên gênging panarimahipun tumrap pambudidaya dhatêng anyambutdamêl sêsarêngan, ingkang tansah dipun tingalakên dening rad kawula punika, makatên ugi dhatêng angên-angên rad kawula, ingkang mangrêtos, bilih tumindakipun [tumindaki...]

--- 759 ---

[...pun] pamarentah lan rad kawula punika botên ajêng-ajêngan ananging tumindak sêsarêngan, saha anyambutdamêl sêsarêngan tumrap kaprêluanipun ngakathah.

[Grafik]

Kangjêng tuwan ingkang wicaksana gupêrnur jendral sapunika.

Tumrap tiyang Jawi kadhangkala kasumêrêpan, bilih ing salêbêting rad kawula, panyaruwe dhatêng tataning pamaretah punika asring kathah sangêt, dene manawi jalaran saking punika, môngka lajêng wontên ingkang nêtêpakên, bilih rad kawula imbang-imbangan kalihan pamarentah, punika botên ngèngêti lênggahipun rad kawula wontên ing tataning mangrèh praja. Jalaran saking kawontênanipun rad kawula kados ing nginggil wau, satêmah pasulayaning golongan ingkang ngrujuki dhatêng pamarentah lan ingkang botên angrujuki, sagêd lêrêm, kados caraning parlêmèn ingkang sampun sampurna. Pramila panyedaning panyêpêngipun paprentahan ing ngriki botên kenging kaêndhêgakên, kados ingkang kadadosan wontên ing parlêmèn ingkang sampun kapratelakakên wau. Dene bab pamanggih tumrap têtanggêlanipun prakawis pulitik, jalaran saking wontênipun sawênèhing nalar, têmahan ingkang sami botên nyulayani wau sagêd kapêksa nayogyani kawajibaning pamarentah. Ananging ing ngrika pancèn botên gadhah niyat sêdya atêtulung dhatêng pamarentah, bilih botên sarana dipun sêtèm.

Ingkang wicaksana ngandika, bilih ingkang dipun wêdharakên punika, sampun tamtu kalêksanan, ananging kalêksananipun wau punapa sagêd dadakan kemawon, punika dèrèng kenging katamtokakên, mila kapasrahakên dhatêng rad kawula, namung kawajibanipun ingkang wicaksana nguningani, kadosdene ingkang sampun kasumêrêpan dening rad kawula piyambak. Sadaya putusan lan rêmbag-rêmbakrêmbag-rêmbag. ingkang sami kawahyakakên wontên ing gêdhong rad kawula, punika têtela saya têmên-têmên anggenipun awêwaton kawajibaning rad kawula, bab angêkahi punapa ingkang kakintunakên dhatêng pamarentah, saya mindhak kathah sangêt aosipun, langkung malih dhatêng Jawi. Badhe kasambêtan.

--- 760 ---

Waosan Lare

IV. Kali Pepe dadi Bangawan

[Mijil]

kacarita lakune si kali / isih alon-alon / awit kono mung cêthèk banyune / mula gampang kêna disabrangi / wong mlaku dalidir / padha krubyak-krubyuk //

[Grafik]

Krêtêg gantung kali Pepe ing Surakarta

kali Pepe abungah ing ati / tansah menggak-menggok / nuli nlusup ngisor krêtêg gêdhe / gumaludhug kreta wira-wiri / pangrasane kali / sênêng numpuk-numpuk //

awit wêruh tembok gêng-gêng putih / mêsthine ing kono / mèmpêr dalême priyayi gêdhe / ora suwe iya nuli ngrêti / yèn sing katon kuwi / prangwadanan jêbul //

panggagase sajêroning ati / dhuh dene samono / iba-iba rasa kapenake / manggon ana omah gêdhe bêcik / pês-apêse mêsthi / abdine sathekruk //

wah temboke lèhe dhuwur mêncit / hara apa tumon / dene kae ana panggungane / gèk go apa dene mingklik-mingklik / o kiraku kuwi / go nonton wong adus //

ora suwe lakune malipir / ora turut tembok / wiwit urut pinggir padesane / lan wis wayah srêngengene lingsir / akèh uwong ninis / sawênèhe adus //

saya barêng lakune ngliwati / sangisor wit êlo / dhasar ayom tur uwite gêdhe / nganti manglu angungkuli kali / kali Pepe nuli / mlaku manthuk-manthuk //

apa bênêr yèn ing kene iki / ênggone wong wadon / dene kuwi ayu-ayu kabeh / yèn candrane sajake wong mukti / nyatane kêtitik / nyandhang sruwa bêsus //

kae ana alise jalirit / pupur mero-mero / patute mung golèk kapenake / pupure mung go ngêdhêm-dhêm rai / mula cêtha putih / tanpa ngrêmbag-ngrêmbug //

ana manèh sing nèng pinggir kali / linggih karo angob / mung ing tangan anggulung sêtagèn / yèn patute wong karipan bêngi / mêntas main cêki / lagi arêp adus //

sanyatane kabèh mau kuwi / wong ing kampung kono / karan Tambaksagaran [Tamba...]

--- 761 ---

[...ksagaran] kampunge / pancèn nyata ênggone wong mukti / kali Pepe nuli / gêblas menggok ngidul //

alon-alon lakune malipir / turut pagêr tembok / lan omahe ketok gêdhe-gêdhe / ngidul manèh nuli wêruh loji / temboke tarêtip / mariyême manglung //

iya iku bètènging prajurit / prajurite katon / wira-wiri jaga ing dhuwure / kali Pepe sênênge kêpati / panyawange nganti / manthêlêng apêndul //

barêng rada mangetan sathithik / diyane wis abyor / awit uwis nuju wayah sore / diyan-diyan padha disumêti / ya ing kono kuwi / jênêng krêtêg gantung //

ngrasa nikmat iline si kali / mlaku alon-alon / lawan tansah krungu swara srang-sèngsrang-srèng. / gônda gadag kumênyut nyang ati / awit kono kuwi / gon jajanan nglumpuk //

panggagase ora uwis-uwis / karo menga-mengo / e e nyata priyayi ing kene / rada kaduk dhêmên nyang palêsir / mung watone janji / buwang dhuwit byak-byuk //

ning ya bênêr witikna wong urip / yèn ora mangkono / kapan gone angundhuh kamuktèn / bêbasane nadyan ompong ya wis / sesuk ora ngrêti / rina ana butuh //

uwong aja pijêr ngrasa sêdhih / gagas tanpa pêdhot / mung anjôngka mênyang kamuktène / nanging tansah sêmaya ngêntèni / besuk yèn wis sugih / rak sêdhêng wis kaku //

saya nglangut panggagasing kali / lan ngrasa ing kono / yèn saiki mundhak dadi gêdhe / ora pati kambah wong nyang kali / lakune nglon-loni / kaya mambêg mlêmbung //

mung ing ati ngrasa dadi luwih / enggal gêlis longgor / mundhak ômba têmbing kana-kene / nuli nyipta kaya nguwasani / sèn-isèning kali / kamot ora jujul //

ing ciptane ta aku saiki / harak ora asor / beda asêm panggagase biyèn / kinira yèn aku luwih nisthip / môngka ing saiki / samene awakku //

jroning gagas kali Pepe nuli / krungu wong lok-alok / yèn saiki banyu mundhak gêdhe / mak grêg kali Pepe angêndhêgi / ing wusana nuli / mak blas krasa kerut //

satêmêne iline saiki / wis têkan ing Bêton / lan wis amor karo kali gêdhe / kang misuwur ing satanah Jawi / wong padha ngarani / ya Bangawan iku //

lan saiki ya wis ngrumasani / yèn aran mangkono / mula saya gêdhe ing atine / wêruh sabrangane kêthip-kêthip / nuli dhèhèm lirih / kanthi watuk-watuk //

Bab Kasarasan

Sêsakit Mèinworm

Kêjawèn nomêr 35 ngêwrat andharan bab: mijnwormziekte bestrijding (panulak sêsakit mèinworm). Ing ngriki dede niyat kula badhe nyaruwe utawi agêngipun nacad dhatêng andharan kasêbut, mligi namung badhe nyaosi pamrayogi tuwin mêwahi katrangan punapa sababipun,

--- 762 ---

dene dipun wastani sêsakit mèinworm.

Kula jarag mawi têmbung mèinworm, botên mawi têmbung cacing tambang, jalaranipun makatên:

1. Tambang, punika têmbung Jawi têgêsipun uwêd (punika cara Banyumasan, kilap manawi liya nagari), dados manawi wontên lare utawi tiyang mirêng têmbung cacing tambang, punika gambaring pangangên-angên mêsthi cacing ingkang nglawèr satambang (uwêd) agêngipun, môngka nyatanipun botên makatên.

2. Môngka ingkang dipun kajêngakên tambang ing ngriki, têmbung Malayu, cara Jawinipun pamêlikan. Punapaa têka botên mawi têmbung: cacing pamêlikan. Sajakipun kirang mungguh, mila ewuh ayanipun lajêng mawi têmbung: mèinworm, kemawon pisan. Lêrês punika têmbung Walandi, nanging dangu-dangu inggih kulina. Kados ing padunungan kula, punika matuhipun inggih mèinworm. Malah têtiyang dhusun, (kalêbêt para murid) ing ngriku matuh mastani: awas, le, ana mainjarêm. Inggih lêrês sasagêd-sagêd kêdah mawi têmbung Jawi, nanging kêpêksa botên sagêd. Kalihan malih:

3. Sêsakit mèinworm punika ing sapunika sampun dede sêsakit pamêlikan, nanging sampun kalimrah mèh sabên tiyang sami kacandhak sêsakit wau. (Ing tanah ngriki).

4. Ngiras ambiyantu karsanipun satunggiling dhoktêr Jawi ing Purwakêrta, ingkang ugi mrayogèkakên supadosa mawi mèinworm kemawon. Dhoktêr kasêbut ugi nyorahakên bab wau ing Banjarnagara, taun kapêngkêr.

Lêrês utawi botênipun môngsa-borong.

Anggèn kula wani damêl gubahan punika, botên margi kumintêr kula (kumudu-kudu diarani pintêr), namung dhapur: urun udhu bokbilih kagêm.

Andharan bab sêsakit mèinworm punika sampun kêrêp sangêt kapranggul wontên ing kalawarti, mila botên prêlu dipun panjangakên, ing ngriki namung badhe kojah punapa sababipun kawastanan mijnwormziekte.

Gubahan punika lugu namung karna binandhung kemawon. Pêrslah angsal-angsalan kala mirêngakên sêsorahipun tuwan dhoktêr ing Banjarnagara kala taun kapêngkêr.

Nalika taun Walandi 1870 ing tanah Eropah wontên bikakan margi sêpur nrowong ing rêdi agêng. Saking panjanging trowongan, (bokmanawi trowongan Simplon ingkang panjangipun 19,7 K.M. utawi sin-gotard 15 K.M. utawi inggih Monsènis, ing parêdèn Halpên) ngantos taun-mataun dèrèng rampung.

Sampun mêsthi kemawon trowongan wau ing nglêbêt pêtêng, ngumês, jêmbêg, rêgêd lan hawanipun nglêkêp (bêntèr). Rêgêdipun wau jalaran têtiyang ingkang nyambutdamêl ing ngriku manawi têtoya utawi ambêbucal ugi wontên ing ngriku saênggèn-ênggèn.

Wusana nuju satunggiling wêkdal, ing ngriku katrajang ing sêsakit, mênggah wujuding sêsakit wau: nitik tiyang ingkang sami katrajang: badan ngêmbug-êmbug ambiyas, tênaganipun dados lêmês. Wontên ingkang mangkak anggotanipun (abuh) wêtêng dados agêng kados busung, rainipun bêngêp. Sêsakit punika wau kala samantên dèrèng wontên dhoktêr ingkang sagêd mastani: iku lara anu, punapa [puna...]

--- 763 ---

[...pa] malih anjampèni manawi sagêda, awit sawêg kadadosan sapisan punika.

Wusana kadadosan malih ing Eropah sisisisih. lèr, ing pamêlikan arêng sèla, ingkang sampun mataun-taun kapêndhêtan arêngipun. Kathahing tiyang ingkang sami nyambutdamêl ing ngriku ngungkuli kathahipun tinimbang ing trowongan kasêbut ngajêng. Lan mênggahing kawontênanipun ing ngriku inggih ngungkuli awonipun. Wusana ing ngriku ugi lajêng katrajang sêsakit ingkang kawontênanipun trêp kados sakit ingkang tuwuh ing trowongan.

Wontên satunggiling tuwan dhoktêr kalêrês sawêg mariksa rêrêgêdipun kuli ingkang sakit (sêsukêripun), dipun wadhahi ing bumbungan gêlas. Sarêng dipun udhêk tanganipun kacipratan, kraos mak calêkit ing kulit ingkang kacipratan wau. Wusana tuwan dhoktêr wau dangu-dangu inggih kenging sêsakit kados sêsakiting kuli ingkang kapriksa rêrêgêdipun.

Sarêng dhoktêr ingkang sakit wau dipun priksa ing dhoktêr sanès, sagêd kasumêrêpan ing sêsukêripun kathah sangêt tiganipun alit-alit, sarta ugi kasumêrêpan manawi anggènipun sakit dhoktêr wau margi katularan saking sêsakiting kuli.

Amargi asaling sêsakit wau saking pamêlikan, tuwin ingkang anjalari wujud cacing salugut-lugut, mila dipun wastani sêsakit mèinworm.

Pamriksa bab sêsakit mèinworm têrus dipun udi, ngantos sapriki para dhoktêr sampun dhamang kanthi têrang dhatêng warni lan gêsangipun pun mèinworm. Jampi punapadene panulakipun inggih sampun botên kèwran malih, sadaya wau sampun kawrat ing Kajawèn nomêr 35.

Ing tanah Eropah hawanipun asrêp, botên nglêkêb, kêbon-kêbon dipun damêl gêre (gasik) botên jêmbêg, dados sêsakit mèinworm wau botên wontên malih. Ing pamêlikan-pamêlikan sapunika sami dipun saèkakên, dipun damêl rêsik, hawanipun sagêd lumintu, mila mèinwom sami botên bêtah. Sampun samantên kemawon.

Wusana sampun kirang ing pamêngku.

Patroli, Banjarmangu

Ngaturi Uninga

Ing sarèhning wêdalipun Kajawèn nomêr 40 punika kathah bab-bab ingkang pêrlu, kados ta bab pambikaking parêpatan kawula, bab mèngêti adêging rad kawula sampun 10 taun tuwin sanès-sanèsipun, amila Kajawèn ingkang mêdal punika botên mawi pêthikan kabar warni-warni. Red.

--- 764 ---

Wêwaosan

Sêsupe Agêmipun Rajaputri ing Seba

39. Anggènipun badhe ngluwari tanpa damêl

Wusana Olivier kalihan Quick kairid dening Japhet mudhun dumugi ing luwênganipun, dene kula kalihan tiyang parêdèn sawatawis, kantun wontên ing growongan, prêlu anjagi wangsulipun tiyang têtiga wau. Sanadyan kula angrêrintih angsala nyambutdamêl ingkang sakalangkung migunani, nanging panêdha kula wau botên dipun lêksanani, miturut cariyosipun, ingatasipun tiyang têtiga, Olivier, Quick lan kula, kula punika panyanjata kula dipun anggêp ingkang titis piyambak, ingkang makatên punika inggih wontên lêrêsipun, lan miturut cariyosipun, tumrap têtiyang wau, kula langkung migunani manawi pinasrahan anyanjatani saking nginggil, ananging kula ngrêtos piyambak, bilih têtiyang wau nganggêp kula sampun kêsêpuhên tumrap nindakakên pandamêl ingkang ambêbayani punika, lan pikajêngipun kônca-kônca kula wau, supados kula tinêbihna ing bêbaya.

Sasampunipun lajêng karêmbag, sintên ingkang mudhunipun dhatêng growongan kantun piyambak, prêlu dhatêng papan ingkang katamtokakên wau. Lan mênggah pikajênganipun Olivier, supados sang putri wangsula dhatêng pucaking rêdi saha ngêntosi wontên ing ngrika. Ananging sang putri sanalika punika lajêng amangsuli, bilih botên kagungan gagasan babarpisan sumêdya minggah dhatêng pucaking rêdi, manawi botên kanthi pitulungan kula sadaya, saha karsanipun sang putri badhe nguningani wêkasaning lêlampahan wau, malah Pangeran Josua ugi botên karsa tindak saking ngriku, kintên kula, amargi panjênênganipun botên patos pitados dhatêng têtiyang parêdèn ingkang kêdah andhèrèkakên, awit panjênênganipun uninga, bilih sariranipun dipun sêngiti sangêt dhatêng tiyang parêdèn wau.

Ingkang punika kula sadaya lajêng mrayogèkakên kantun wontên ing papan ngriku, lan karsa angêntosi wangsul kula sadaya, ananging pamrayogi punika langkung-langkung botên anocogi dhatêng panggalihanipun. Panjênênganipun angandikakakên, bilih kala punika têtiyang Fung sampun sumêrêp dhatêng lampah kula sadaya punika. Ingkang makatên punika sagêd ugi kalampahan, têtiyang Fung nindakakên kados ingkang sampun kula tindakakên sadaya, saha kanthi patrap makatên lajêng nêmpuh dhatêng kitha Mur.

Pangeran Josua andangu ngrêrintih: kadospundi rekadaya kula, saupami têtiyang Fung amanggih kula piyambakan wontên ing ngriki.

Sang putri lajêng amrayogèkakên, murih growongan wau dipun pasêg, ngantos angèl sangêt sagêdipun dipun bikak malih.

Orme amangsuli: O, inggih, lan manawi kula sadaya sagêd mêdal ing ngriki malih kanthi wilujêng, margi punika badhe kula dhinamit, murih ing têmbe botên kenging dipun pigunakakên malih.

Bab punika Quick ragi sêmang-sêmang, mila amangsuli makatên: margi punika tumrapipun kula sadaya ing têmbe wontên damêlipun malih.

Orme amangsuli: Aku wêruh dalan kang luwih bêcik manèh, kang anjog ana sangisoring rêca dewa kuwi, yaiku mêtu pasareyane para raja-raja, mangkono mungguh miturut pangetungku grêban, olèh-olèhane pangetungku mau, kiraku iya ora pati adoh bangêt. Cêkake ing sarèhne wong Fung wis mêruhi dalan iki, mulane dalan iki iya ambêbayani.

Sasampunipun, kula sadaya sami ngisèni growongan mawi sela glundhungan, sajatosipun inggih padamêlan ingkang awrat sangêt, ananging jalaran saking pangrèh kula sadaya, anggènipun nyambutdamêl têtiyang parêdèn sami mêmpêng, lan samangke sela wau manawi botên dipun dhinamit, angèl sangêt dipun singkirakên. Salajêngipun, Japhet, Shadrach saha sêrsan, sami niti priksa gang ingkang pungkasan, ingkang anjog wontên ing papan kangge makani singa. Botên patos dangu, tiga pisan wangsul malih kanthi anyariyosakên, bilih sarana ôndha sagêd mudhun mriku.

Botên beda kados sakawit, lampah kula lajêng urut kacang. Sasampunipun lumampah jangkêp saêjam, kula sadaya lajêng dumugi ing pungkasaning udhun-udhunan, ingkang lêbêtipun satus mètêr. Ing ngriku wontên papanipun wiyar, ingkang kintên-kintên dipun damêl ing manungsa, mênggah wicantênipun Shadrach ingkang sampun, sapunika kanyataan. Ing pojokaning papan wiyar, ingkang têbih piyambak, wontên selanipun agêng, saking kiwa têngênipun gampil dipun jorogakên.

Dados kula sadaya ambikak korinipun, saha ningali dhatêng jawi, padhanging rêmbulan purnama amadhangi nglêbêtipun sangandhap kula sadaya, lambung kiwa têngênipun rêca singa, angwontênakên ayang-ayangan ingkang wontên ing nglêbêt kêtingal pêtêng, inggih saking lambunging rêca singa punika, anggènipun Higgs dipun udhunakên ngangge kranjang wadhah pakan. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 41, 3 Bêsar, Taun Jimakir 1858, 23 Mèi 1928, Taun III

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [765] ---

Ôngka 41, 3 Bêsar, Taun Jimakir 1858, 23 Mèi 1928, Taun III

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Tanah Dhitsêlan

[Grafik]

Sawangan turut pinggiripun lèpèn Main, ing ngriku kathah têtiyang ingkang sami ngenggar-enggar manah, awit ilining lèpèn wau narajang kitha ingkang kêbak sawangan sae.

--- 766 ---

Raos Jawi

Pasareyan ing Sarawiti

Sambêtipun Kajawèn nomêr 40.

Ing Kajawèn nomêr 40 anyariyosakên ing bab lêlampah dhatêng Sarawiti sampun dumugi sukuning rêdi. Ing ngriku awak-awakaning rêdi kêtingal cakêt saking papan pakèndêlan, rêdinipun awujud sela pêthak, marginipun ingkang minggah namung kêtingal anggalêr nyêngkrèk turut lambung, nanging lajêng ical botên kêtingal, dening menggak-menggokipun.

Kawontênan ingkang kados makatên wau kados pasêmon, bilih tiyang madosi margining kasunyatan punika sanadyan ênêripun sampun wontên, nanging taksih wontên salêbêting kasamaran, lan tiyang kêdah angêncêngi tekadipun, awit yèn ta ngêndhonana, sampun saèstu badhe kecalan talêring margi ingkang sampun kêtingal urut-urutanipun wau.

Wiwit ngambah sukuning rêdi wau, kathah sangêt lare alit-alit ingkang sami pêpariman, kumroyok botên wontên sampun-sampunipun, sabên dipun sukani malah saya wêwah kumrudug kados dipun undang, tur lare-lare wau sanès bangsaning anakipun tiyang kêmlaratan, yèn dipun raosakên ngantos anggrisèni sangêt.

Punika kados pasêmon, manawi tiyang nêdya nyatunggalakên tekad punika sayêktosipun kêdah purun ambucal kadonyan, saya manawi sampun ngambah ing marginipun, saya kêdah ngeklasakên yêktos, awit pêthaling donya punika atêgês dados damar amadhangi margi. Tiyang ingkang wiwit ngambah awak-awaking rêdi, lajêng kêsupèn dhatêng raosing sayah, saking kêslamur dening nyêngklèk tuwin rumpiling margi, badhe kèndêl botên wontên pakèndêlanipun, awit marginipun namung srêg kangge lumampah, lan malih ing manah karaos tansah nyêngka kêdah badhe sumêrêp dunung ingkang dipun purugi. Sarêng lampahipun sampun angsal sapalihing purug, lajêng anjog ing papan sawatawis wiyar, sitinipun waradin, ing papan wau rêsik tansah dipun saponi ing tiyang, mila ngantos kêtingal ngilak-ilak anêngsêmakên. Papan ing ngriku punika inggih patirakatan, nanging patirakatanipun tiyang ingkang nêdya pados pasugihan setan gundhul.

Mênggahing pasêmon, têtela sangêt bilih tiyang ingkang nêdya lêrês punika tansah manggih godha, sanadyan sampun cakêt dumugi ing purug, mêksa taksih cinakêtan ing panggodha ingkang sagêd angglewangakên manah, awit ingkang anglampahi taksih gampil wigar sêdyanipun, dening nyumêrêpi kaanan ingkang damêl kasamaran, malah sok botên ngrumaosi bilih sayêktosipun kêplantrang utawi kêlintu ing lampah. Mila nugraha sangêt tiyang ingkang botên kêsamaran dhatêng kawontênan ingkang samar punika.

--- 767 ---

Tiyang ingkang lêlampah nêdya dhatêng pucaking Sarawiti sampun sumêrêp bilih panggenan ingkang dipun ambah wau sanès padunungan ingkang dipun kajêngakên, mila inggih namung dipun langkungi kemawon. Salangkungipun saking panggenan wau, marginipun saya nyêngkrèk sangêt, ngantos sagêd nêsêgakên ambêgan, wusana byar dumugi ing pucak. Tiyang botên ngintên bilih rêdi ingkang kados makatên wau ing pucak wontên dhusunipun agêng, rêja sangêt, griya-griyanipun pating janggêlêg agêng-agêng, masjidipun agêng anganggrang, papanipun ing ngriku waradin. Dene sasampunipun dumugi ing ngriku lajêng kapanggih kalihan juru kunci, saha cariyos manawi badhe sowan dhatêng pasarean. Ki juru kunci kêtingal tanggap, saha limrah sintên ingkang dhatêng ing ngriku lajêng dipun sugata sakadaripun. Sasampunipun makatên, wancinipun sampun sêrap, tiyang ingkang badhe dhatêng pasarean, lajêng dipun acarani minggah dhatêng pasarean, saha namung kenging manggèn wontên sajawining gêdhong pasarean, limrahipun ing dalu wau tirakat, dene mênganipun gêdhong pasarean enjing, nanging namung ing dintên Sênèn Kêmis, dados tiyang ingkang sowan mriku punika kêdah ngèngêti dintên. Makatên ugi juru kunci cariyos, ingkang badhe nênêpi wontên ngriku, botên kenging ambêkta sandhang pangangge ingkang majaji, prêlunipun namung kangge anjagi kawilujêngan.

Ing nginggil wau atêgês, bilih rêkaos ingkang sampun dipun lampahi, tuwin antêping tekad ingkang sagêd nyabili panggodha ingkang badhe damêl sasar punika, ugi angsal lêlintu pamarêm ingkang sumbut kalihan rêkaosipun, nanging inggih dèrèng cêkap samantên kewon,kemawon. awit ugi taksih wontên lêlajênganing lampah, ingkang kêdah taksih dipun lampahi kanthi antêp yêyêktosan, ugi kêdah taksih ngeklasakên dhatêng sabab-sabab ingkang taksih ngawrat-awrati.

Wancinipun minggah dhatêng pasarean wau sampun sêrap, ing salêbêting pakaranganing pasarean sêpên nyênyêt, tuwin pêtêng, ewadene salêbêtipun lumampah wau inggih taksih dipun tutakên ing lare pêpariman kumruyuk, nanging sasampunipun dumugi pasarean lajêng sami wangsul sadaya. Namung sarêng wanci dalu, nyênyêting pasarean wau lajêng dados rame, awit têtiyang ingkang badhe nênêpi sami dhatêng, saha kathah têtiyang ing ngriku ingkang nawèkakên widhig, utawi nawèni wedang panganan, kangge sadhiyan ing dalu wau, punapadene têtiyang nini-nini sami badhe mijêti. Sadaya wau namung gumantung wontên kêparêngipun ingkang nglampahi.

Punika kados pasêmon, bilih batos punika, antêngipun namung kêtingal wontên ing lair, dene yêktosipun tansah kados pêkên tumawon, mila tiyang wajibipun kêdah sagêd ambibarakên karamean ingkang kados makatên punika, lan kêdah angèngêti bilih manungsa kuwasa, lan wênang masesa ingkang pancèn wajib dipun mênangi, awit manawi botên makatên, badhe botên nate manggèn ing unggul. Badhe kasambêtan.

--- 768 ---

Kabar Wigatos

Pambikakipun Rad Kawula

Sambêtipun Kajawèn ôngka 40

Wêdharing sabda pangandika dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Guprênur Jendral

Wêwahan warga rad kawula têtiyang siti.

Ing bab punika kangjêng tuwan ingkang wicaksana guprênur jendral, angèngêtakên kanthi gênging panarimahipun dhatêng pasarasehan rêmbag ing bab rancangan anggêr tumrap ewah-ewahaning pranatan nagari, ingkang karêmbag wontên ing parêpatan taunan pungkasan.

Kala punika para ingkang nyondhongi tuwin ingkang botên, sami angantêpi saha anêrang-nêrangakên pamanggihipun piyambak-piyambak. Ingkang makatên wau pamarentah namung anglairakên gênging panarimahipun, amargi putusaning rancangan ingkang taksih kêdah dipun putus dening pamarentah luhur ing nagari Walandi (Staten Generaal) jalaran wontênipun rêmbag panjang punika, saking katrangan-katrangan ingkang kaandharakên dening golongan pundi-pundi tumrap rancangan wau, lajêng sagêd nêtêpakên dhêdhasar ingkang maton tuwin sae, katimbang manawi bêbantahan wau ngêmungakên tuwuh antawisipun para ingkang botên anyondhongi kalihan pamarentah kemawon. Makatên ugi tumrap sanès-sanèsipun, ingkang wicaksana anglairakên gênging panarimahipun saha angajèni dhatêng patrapipun angrêmbag rancangan wau wontên rad kawula ngriku. Punapa malih anggènipun sami pasarasehan rêmbag ing bab rancangan wau, rad kawula ngatingalakên sabar tuwin mênêping manahipun, botên kados asring-asring, bilih sami rêmbagan wontên ing sajawinipun gêdhong rad kawula.

Ing bab tumindakipun pulitik

Ingkang wicaksana andhawuhakên supados angèngêtana ing taun ingkang sampun kapêngkêr, sasampunipun ingkang wicaksana abên ajêng kalihan para ingkang sami anjênêngi parêpatan rad kawula, salajêngipun kenging dipun cariyosakên, bilih taksih karaos mênggah dayaning kawontênan gegeran-gegeran komunis kala wêkasaning taun 1926 tuwin ing wiwitanipun taun 1927. Ananging saklangkung adamêl rênaning panggalih dalêm ingkang wicaksana, dene wontên ing ngriku ingkang wicaksana sagêd angandikakakên, bilih miturut pamanggih dalêm, kawontênanipun ing salêbêting praja manawi kapandhing kalihan kawontênanipun kala ing taun ingkang kapêngkêr, sampun sawatawis langkung sae. Pamanggih dalêm ingkang makatên wau dipun condhongi dening para pangagêng gêwès ing tanah Jawi tuwin Madura, sarta para pangagênging gêwès ing jajahan sajawining tanah Jawi, makatên ugi dening para bupati ing Jawi Kilèn, kalanipun dipun wontênakên rêpat ingkang prêlunipun angrêmbag ing bab punika. [pu...]

--- 769 ---

[...nika.] Ananging botên nama lêrês sayêktos, bilih jalaran saking punika lajêng anêtêpakên, bilih samangke botên prêlu angatos-atos tuwin kuwatos.

Mênggah tumrap tindaking komunis, ing taun ingkang kapêngkêr ingkang wicaksana ugi sampun anguningani, pangatos-atos tuwin kuwatos wau, botên tumuntên sagêd anêntrêmakên manah, manawi bolyêwismê piyambak, ingkang kadosdene thêthukulan enggal ing jagad dèrèng dipun undurakên babarpisan dhatêng papêtêng, papan aslinipun. Ananging jalaran saking pranatan-pranatan ingkang dipun wontênakên dening pamarentah, tuntunaning komunis kangge samangke sagêd dipun kèndêli. Bab tuwuhing ontran-ontran ing satunggal-satunggaling panggenan, punika botên kenging dipun pênggak, sanadyan ta ing ngriku wêwahing pirantos-pirantos nyêpêng panguwasa utawi malih indhaking kathahipun pulisi tuwin saening dêdamêlipun, ewadene ingkang makatên punika ugi badhe suda sangêt. Ananging cêkakipun, sanadyan tansah kanthi dipun jagi salêrês-lêrêsipun, badhe tuwuhing bêbaya tumrap gegeran umum asli saking pargêrakaning komunis, punika samangke suda sangêt.

[Grafik]

Nalika Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral Mr. D. Fock amasrahakên panguwaosing nagari dhumatêng Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral Mr. A.C.D. de Graeff ing taun 1926.

Makatên ugi ing pakêmpalan P.S.I. ingkang ing taun ingkang kapêngkêr, sajak anggadhahi tindak ambalela, punika miturut kadosdene ingkang sampun katêtêpakên, botên lajêng mrèmèn dhatêng sakiwatêngênipun.

Ingkang wicaksana angandikakakên gênging panarimahipun, [panari...]

--- 770 ---

[...mahipun,] dene ing antawisipun rakyat piyambak, kathah sangêt ingkang botên nyondhongi babarpisan dhatêng pargêrakan wau. Sangêt adamêl rênaning panggalih dalêm ingkang wicaksana, dene ingkang wicaksana sagêd andhawuhakên ing bab punika, amargi miturut kayakin danalêmkayakinan dalêm. ingkang wicaksana, danguning dangu botên ngêmungakên sarana pirantosing panguwasa kemawon, ingkang sagêd damêl lêstantun têntrêming praja, ananging tumrap punika ingkang prêlu piyambak, supados rakyat piyambak tumuntên tangi saking anggènipun tansah botên anggadhahi pikajêngan tuwin anggènipun tansah anarimah kemawon, saha lajêng sami ananggulangi dhatêng para panuntun rakyat ingkang sêdyanipun badhe ngrisak wau, ananging cara anggènipun ananggulangi punika inggih sampun ngantos nyêbal saking watês. Dhawuh pangandika dalêm ingkang wicaksana ingkang makatên wau, sampun asring sangêt dipun dhawuhakên wontên ing papan ngriku.

Kanthi gênging panuwunipun dhatêng ingkang Maha Kuwasa, ingkang wicaksana angandikakakên, bilih pambangkanging rakyat tumrap tindak ingkang makatên wau, anelakakên, saking wontênipun pikiraning tiyang kathah ingkang saras, tuwin tumrap têtiyang ingkang mangrêtos ing nalar, sumêrêp bilih kaprêluan ingkang agêng punika sagêdipun wilujêng, namung manawi kawontênanipun samangke punika sagêd têntrêm tuwin majêng kanthi pranata, ananging sanadyan botên makatêna, tuwuhing pambangkang dhatêng tindak ambalela wau, manawi mirid saking pamanggih ingkang yakin yêktos, pargêrakaning para ingkang badhe sami wani dhatêng pamarentah wau inggih botên badhe angsal damêl punapa-punapa, ewasamantên mêksa inggih sampun dados pantêsipun, manawi tiyang sadaya lajêng anglairakên gênging panarimah. (Badhe kasambêtan)

Waosan Lare

Pinêsthi dadi Kanthi V

Asêm diputêr

[Kinanthi]

ing wayah srêngenge esuk / padhange nêmpuh nyoroti / godhong isih kêtêlêsan / êbune ing wayah bêngi / prêntule sing kêsorotan / gumêbyar ambalêrêngi //

dhèk ing wayah esuk mau / kacrita pakne Bêsari / lurah ing desa Damaran / lagi enak-enak linggih / lan bojone nèng ngarêpan / karo wedangan lan macit //

ngrungokake kutut manggung / dikèrèk nèng êpring mêncrit / kunge gêdhe gawe lêga / mung rada gandhul sathithik / ewadane wis kêwêntar / wong-wong padha ngalêm bêcik //

kamuktène lurah iku / kêna diarani luwih / lumbung akèh padha kêbak / sugih kêbo sugih sapi / pangone sapirang-pirang / nyang rajakaya gumati //

jrone môngsa kuwi nuju / wayah bubar panèn pari / wis ludhang gawening sawah / kari nganggur karo mukti / suk-esuk linggih wedangan / cakêt ditunggu ing batih //

barêng kira jam sapuluh / wêruh anawong [ana...]

--- 771 ---

[...wong] malipir / malêbu mênyang pomahan / Pak Bêsari ora pangling / nuli gawe undang-undang / êlo kowe Kramatani //

kadingarèn esuk-esuk / agawe kagèting ati / rak padha kêslamêtan ta / Kramatani amangsuli / inggih pangèstune bapak / kêng kantun wilujêng sami //

anu ta pak niki wau / dikèngkèn putrane mriki / kapurih pados sambutan / môngsa sagêdhagan niki / radi botên kêmêdalan / angsale namung sakêdhik //

bapakne mangsuli guyu / wis biyèn mula Bêsari / kowe yèn tak sawang-sawang / ketokmu wiwit dhèk cilik / sajak kaya wong nagara / rada kidhung ulah bumi //

sajakmu banjur kêtungkul / dhêmên nelad cara pyayi / ora eling yèn wong desa / turune wong tani bêntil / arêp isin kêcèh sawah / kang nyatani ambrêkahi //

bênêr biyèn kowe iku / tak kon ajar maca nulis / ning ora kok tak kon nglênthar / nyang wajibe banjur lali / kêtungkul mung dhêmên maca / ngangkat pacul arêp isin //

galo sawangên tanggamu / sing isih dhêmên nyang tani / iya dhêmên nulis maca / nanging têtêp ora malih / isih dhêmên gluprut lêmah / mikul luku ora isin //

salah dadine kêtêmu / ngungkuli sing uwis-uwis / awit wêruh wulang-wulang / priye carane wong tani / sing miturut saka layang / cak-cakane ditandangi //

iku jênênge wong ontung / kabèhe bisa ngêcaki / murih pedahing sêkolah / têtêp gone dadi tani / ora kok gone sêkolah / bakale mung arêp lali //

polane ya kowe iku / wong pancèn turuning tani / rak kudu trêsna nyang lêmah / priye nyatane saiki / pamaculmu kambang-kambang / pamêtune mung sathithik //

[Grafik]

Tiyang sêpuh nênggani anakipun ingkang pinuju sinau.

wis kono kôndhaa bokmu / sapira butuhmu pari / Bok Bêsari banjur kôndha / pakne bok ampun nyrêngêni / wong jênêng pun gêdhe tuwa / mundhakan larene isin //

Pak Bêsari rada mrêngut / ngakêp rokok karo muni / aku iki rak mung kôndha / yèn ta dituruta bêcik / wis ta kana cukupana / butuhe [butuh...]

--- 772 ---

[...e] anakmu kuwi //

Kramatani nuli clathu / kula badhe matur malih / thukulan asêm punika / badhe kula suwun ugi / awit dhusun kula ngrika / wontên dhawuhing nagari //

ing saurutipun dlanggung / tiyang sami kèn nanêmi / wit asêm lêt kalih tumbak / supados benjing prayogi / damêl ayom turut dalan / kados limrahing nagari //

bapakne mangsuli guyu / iya thole kuwi bêcik / bênêr kêrsaning nagara / putêrên bae ta uwis / ning wis rada kêtanggungan / yèn digawaa wong siji //

wong loro bae kon mikul / dadi pamutêre bêcik / lan oyode ora rantas / BasariBêsari. mangsuli inggih / kocap asêm dhèk samana / nratab atine kuwatir //

krungu yèn arêp didhudhuk / diputêr arêp diêlih / tumuli ana wong têka / loro padha gawa linggis / nuli andhudhuki lêmah / nganti jêro sakubêng wit //

oyode akèh sing pruthul / agawe laraning uwit / asêm tansah sambat-sambat / nanging ora dipraduli / malah banjur digak-ogak / asêm nganti brêbês mili //

barêng gone dhudhuk rampung / banjur dibalêbêt goni / lan dipasangi pikulan / sawise ngono anuli / diangkat wong loro mangkat / suwarane ingkit-ingkit //

asêm rada guyu-guyu / kêcêmutan mèsêm lirih / e e la nyata kapenak / sasat kaya nunggang joli / satauna pisan bêtah / yèn kaya mangkene iki //

barêng lakune wis tutug / mak brêg diêbrukke wani / asêm nganti paringisan / lan banjur ditandur nuli / ana sapinggiring dalan / panase anggêgirisi //

sanalika asêm alum / nganti ngrasa ora eling / godhong banjur gogrog lêmah / barêng wis lêt têlung bêngi / asêm nuli wiwit krasa / ing larane rada pulih //

lan wis sêmi iju-iju / ing wusana banjur eling / dhuh saiki saya-saya / ênggonku adoh nêmêni / môngsa kapêthuka uyah / pêgatan awakku mêsthi //

Ekonomi

Brêkahing Tanêman

Tiyang nênanêm punika, tumraping wit-witan taun, kenging dipun wastani bilih tanêmanipun wau prêlu kangge nanêmakên anak putu, awit manawi botên makatên, pangajêng-ajêngipun ingkang nanêm tamtu ngalangut sangêt, satêmah damêl kêmbanipun ingkang nanêm.

Sayêktosipun nênanêm punika kados sampun dados wajibing agêsang, awit siti punika sanyata dados mitraning tiyang ingkang cêlak piyambak, kenging dipun alap piwalêsapun. Makatên malih bakuning tiyang punika têdha, lan têdha punika aslinipun saking siti, mila sintên tiyangipun ingkang pêthêl angolak-alik siti, inggih amanggih brêkahipun.

--- 773 ---

Tumraping tanêman ingkang kenging dipun pêndhêt dadakan, punika upaminipun, kados ta bangsaning pala kêpêndhêm, punika kenging dipun êntosi, mila kanggenipun cagak gêsang inggih sagêd lumintu, lan tiyang rêmên anindakakên makatên.

Sapunika mênggahing wit-witan taun, punika nalika nanêm kados pêpindhanipun tiyang nyêkolahakên anak, ing sadèrèngipun sagêd ngundhuh wohipun, wontênipun namung sarwa rêkaos, kêdah naliti kawontênanipun, manah murih prayogining gêsangipun tanêman, kados ta: manah rabukipun, siramanipun tuwin sanès-sanèsipun. Dados nalika kalaning alit, plêk kados rumêksa lare, ingkang dipun udi ing kasarasanipun, dene manawi sampun agêng kantun manggih sakecanipun kemawon.

Dados mênggahkingmênggahing. wit-witan taun ingkang lêbêt, pikangsalipun badhe pinanggih ing têmbe, sukur manawi sagêd mênangi ngundhuh wohipun, botênipun makatên inggih tumônja nanêmakên anak putunipun.

Botên kêkirangan tiyang ingkang panggêsanganipun dipun biyantu saking pamêdaling wit-witan taun, malah manawi kathah, pamêdalipun wau sagêd dados bakuning panggêsangan, saya manawi wit-witanipun taun wau bangsaning wowohan ingkang agêng-agêng asilipun, kados ta: pêlêm, rambutan, dhuku tuwin sanès-sanèsipun, punika manawi kalamangsaning awoh, panyadenipun botên sakêdhik.

Ingkang katingal ing tanah Batawi, punika ingkang misuwur wêdalipun rambutan, dhuku, sawo manila tuwin durèn. Sadaya wau manawi nuju kalanipun awoh, angsal-angsalanipun anggèning sade botên sakêdhik, ngantos atusan rupiyah, anggènipun gadhah pamêdal samantên wau ing dalêm sataun namung sapisan, dene wit-witan sadaya wau asli saking têtilaran tanêmanipun tiyang sêpuh, punika tiyang sagêd nyatakakên dhatêng wujuding wit. Kados ta rambutan, punika tumrapipun ing Batawi witipun sampun agêng-agêng sangêt, tiyang ingkang anggadhahi kantun piyambak ngantos kêkilapan asli tanêmanipun sintên, ananging sajatosipun botên liya saking pananêmipun lêluwuripun kala rumiyin.

[Grafik]

Pakarangan ingkang wontên witipun wowohan

Sayêktosipun bab tanêman ingkang kados makatên punika, tiyang ingkang gadhah ugi kêdah gadhah dhêdhasar rêmên dhatêng tanêman, polanipun inggih kados tiyang ing Batawi wau. Limrah tiyang Batawi punika kathah ingkang rêmên ulah kêbon utawi sêsadean, [sêsa...]

--- 774 ---

[...dean,] mila punapa pamêdaling pasitènipun kajawi dipun têbasakên, ugi mawi dipun sade piyambak, sarana dipun pikul dipun idêrakên. Manawi nuju botên usum wowohan, ingkang dipun sade inggih namung punapa ing sakacêpêngipun, nanging ing mangke mangsaning ngundhuh, ing ngriku rumaos ngundhuh celengan.

[Grafik]

Tiyang sade wowohan

Mênggahing brakahing tanêman, punika kêrêp pinanggih saking botên kanyana-nyana, kados ta wontên lêlampahan satunggiling tiyang sugih, nalika jaman sugihipun botên pisan-pisan angèngêti dhatêng karang-kitri ingkang tuwuh ing pemahanipun, salaminipun tansah kêtunggul brah-brèh nindakakên lampahing donyanipun, dilalah sarêng tiyang wau dhawah ing kêmlaratan, mrika-mriki botên wontên ingkang dipun jagèkakên, wusana sawêg èngêt, bilih ing pakaranganipun wontên tanêmanipun kalapa tuwin sanès-sanèsipun, sampun tamtu kemawon pamêdaling karang-kitri ingkang nêmbe dipun èngêti wau lajêng suka munpangat, saha dipun tampi kanthi gênging panarimah.

Mila ngagêsang punika sampun angrèmèhakên brêkahing têtanêman, awit sêdyaning tanêman namung badhe suka pamalês dhatêng ingkang ngopèni.

--- 775 ---

Bab Kasarasan

Kasarasan Kêdah dipun Pêrdi Wiwit Lare

[Grafik]

Ing tanah Amerikah, dhusun Argentinie, wontên sêkolahan dhusun. Para murid ing sêkolahan wau dipun pardi murih rêsikan, inggih punika kapurih nyikat untu. Patrap makatên wau tansah dipun taliti ing guru. Wêkasanipun lare-lare wau dados kulina lan pinanggih saras-saras, tinêbihan ing sakit untu.

Nginggil gambaripun lare-lare sami sikatan, ing ngandhap gambaripun lare-lare mêndhêt sikat saking parimatan, ingkang sampun sami dipun têngêri.

--- 776 ---

Jagading Wanita

Bab Olah-olah

Ing Kajawèn nomêr 39 mratelakakên ing bab pathokanipun tiyang olah-olah sawatawis, ing sapunika prêlu mratelakakên ing bab kawontênanipun olah-olahan Jawi, ingkang dipun wastani saladosan jangkêp, awit mênggahing kalimrahanipun tiyang Jawi, pathokanipun tiyang nêdha punika wontên ing jangan tuwin sambêl, olah-olahan warni kalih punika sami gadhah gêgandhengan, makatên ugi mênggahing lêlawuhanipun, inggih sampun dipun gathukakên ingkang mathuk kalihan jangan sambêlipun. Lan malih mênggahing olah-olahan Jawi punika inggih botên nilar pamantês, kados upaminipun jangan, manawi nuju têrangan jangan bêning, jangan bêning punika jangan ingkang botên ngangge santên, saupami nuju jawah kêlan bêning, punika lajêng wontên wicantên, udan-udan kok kêlan bêning. Sayêktosipun kajêngipun wau inggih botên nyêbal saking nalar, awit mênggahing môngsa têrangan punika manawi kokoh jangan bêning araos sêgêr, mila jangan bêning punika mêdalipun namung ing wanci siyang, manawi kangge nêdha ing wanci sontên, limrahipun ngangge duduh-duduhan ingkang kênthêl.

Sayêktosipun tumrap ingkang sampun kulina nêdha eca, kados sacaraning olah-olahan Walandi, punika kathah ingkang mastani manawi olah-olahan Jawi punika lajêng dipun anggêp rèmèh, awit olah-olahanipun sarwa prasaja, nanging kosokwangsulipun tumrap sanès bôngsa, malah sok kabelan dhatêng olah-olahan cara Jawi, ingkang makatên punika namung nandhakakên, bilih ilat punika sêdyanipun namung badhe anjajah têtêdhan.

Ing sarèhning bab olah-olah ingkang badhe kacariyosakên punika nama olah-olahan Jawi lugu, manawi wontên rèmèhing olah-olahan, sampun lajêng dipun wastani sapele. Lan olah-olahan punika miturut ukuran kadhahar priyantun sawatawis, dene pratelanipun kados ing ngandhap punika:

Lodhoh pindhang sakanthinipun

Lodhoh punika duduh-duduhan, pindhang inggih duduh-duduhan, kanthinipun bubuk dhêle, rambak (krupuk wacucal), abon rêmus, tigan dadaran. Kajawi abên-abên wau, ugi kenging dipun kanthèni lawuhan sanès-sanèsipun, nanging nama kautamèn, lan ing ngatasipun lodhoh pindhang, abên kados makatên punika nama sampun jangkêp lan pantês. Pangracikipun:

Lodhoh, punika mênggahing ampasipun kenging warni kalih, kasaran kalihan alusan, manawi kasaran: terong, kacang, lombok abrit. Manawi alusan: kênthang, kobis, boncis, tuwin soon, lombok abrit. Sadaya wau lajêng dipun pêthiki utawi dipun iris-iris, manut ing pamantêsipun, [pamantêsi...]

--- 777 ---

[...pun,] tumrap kênthang dipun prapat utawi alit malih, dene lombokipun dipun rajang lêmbat. Kathah kêdhiking ampas kenging kadugi-dugi piyambak. Sasampunipun dipun kumbah lajêng dipun êtus wontên ing kalo.

Bumbunipun: brambang 10 iji, bawang 3 siyung, sarêm 1 sendhok dhahar, trasi 3 klungsu, salam 3 lêmbar, laos satêngah jêmpol, gêndhis jawi namung kangge nyolok, tuwin santên ingkang kênthêl, klapa satugêl.

Pangolahipun, anggodhoga ulam daging 1 kati ingkang botên kamoran gajih, kadamêla wêtahan kemawon, manawi ulamipun sampun êmpuk dipun êntas, namung kapêndhêt duduhipun kemawon, dagingipun wau badhe kangge abon. Ampas-ampas wau lajêng sami kacêmplungna ing duduh ulam, kalêbêt lombok rajangan. Brambang bawangipun dipun rajangi ingkang lêmbat, laos dipun gêcêk, lajêng sami dipun cêmplungakên, sarêm, trasi, gêndhis sakêdhik, salam ugi nusul kacêmplungakên. Nanging sawênèh wontên, ambumboni punika ecanipun sami dipun ulêg. Dene murih prayoginipun, inggih mawi dugi prayogi, ugi wontên ingkang kêdah dipun ulêg, wontên ingkang botên. Manawi ampasipun wau sampun êmpuk, lajêng dipun santêni, salajêngipun kêdah dipun udhêg kemawon, awit manawi botên makatên, asring lajêng dados ning-ningên, santênipun pisah-pisah kanilipun. Manawi sampun matêng lajêng dipun êntas. Pèngêt, sampun kasupèn, sadaya olah-olahan punika ing sadèrèngipun matêng kêdah dipun icipi, malah manawi tumrap pêcakan ulam, kêdah dipun dilat ing sadèrèngipun dipun olah, patrap makatên punika sagêd ngindhakakên ecaning olah-olahan, awit kirang kaduking bumbu sagêd sumêrêp, lan sagêd angewahi murih sagêd dados cêkapan.

Pindhang: daging lêmungsir 1 kati, sungsum sawatawis. Daging wau kairis-iris alit-alit, sungsum dipun rajang tipis-tipis.

Bumbunipun: kluwak 6 iji, miliha ingkang botên pait, sarêm sasendhok nêdha, trasi 3 klungsu, brambang 10 iji, bawang 3 siyung, gêndhis sacêkapipun, asêm 2 mripat, salam 3 lêmbar, laos satêngah jêmpol, lombok abrit 3 iji, karajang lêmbat, santên kalapa satugêl. Bumbu wau kajawi salam laos tuwin lombok, dipun ulêga sadaya, kangge ngulèni ulam wau ingkang ngantos rumasuk, wusana lajêng dipun gôngsa, manawi sampun satêngah matêng dipun santêni tuwin dipun cêmplungi sungsum, kadamêl ngantos kênthêl. Manawi sampun matêng dipun êntas.

Bubuk dhêle. Kêdhêle cêmêng majaji gangsal sèn, dipun gorèng sangan ngantos garing, lajêng dipun kalècèpi.

Bumbunipun: Sarêm sakêdhik, bawang, kêncur, godhong jêram purut, lajêng dipun dhêplèkdhêplok. ngantos lêmbat.

Abon rêmus. Daging ingkang sampun dipun godhog kasêbut nginggil, lajêng dipun suwir-suwir.

Bumbunipun: brambang 5 iji, bawang sasiyung, sarêm sasendhok dhahar, trasi sakêdhik, tumbar satêngah sendhok tèh, jintên satêngah sendhok [sendho...]

--- 778 ---

[...k] tèh, asêm samripat, laos sakêdhik, gêndhis sakraosipun. Sadaya wau dipun ulêg lêmbat, kangge ngulèni ulam wau mawi dipun toyani santên kanil, wusana dipun gorèng ingkang ngantos kêmripik, lajêng dipun wêwahi bawang gorèngan dipun campurakên ing ulam.

Dadar tigan, punika bumbunipun namung bawang tuwin sarêm sakêdhik, lajêng dipun dadar limrah.

Rambak. Punika sagêd mundhut kantun anggorèng, panggorèngipun kêdah dipun pe rumiyin.

Dhaharan kados makatên punika, kajawi kangge dhahar limrah, tumrap tiyang Jawi ugi kangge sugatan manawi nuju wungon dalu, sarana dipun pupukakên, inggih punika sêkul wontên ing piring, dipun soki jangan lodhoh, ing nginggilipun pindhang, lajêng dipun wur-wuri bubuk dhêle, abon, tigan tuwin rambak kadèkèk ing sandhingipun. Pandhaharipun kêdah angêt.

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Bab Buku Perkawinan dan Perkawinan Anak-anak Anggitanipun Radèn Sutama, Pangarsa Ind. Studieclub

Candhakipun Kajawèn ôngka 39

Petruk : Kang Garèng, lagi anu kowe ajangji arêp awèh wawasan sawatara mungguhing karangane Radén Sutama ing bab alakirabi kênomên, mara saiki wiwitana, tak rungokne.

Garèng : Hêm, kowe kuwi tak pikir-pikir kok rada rèwèl, nèk niyatmu arêp tuku, bok nuli banjur tuku bae, cus, kathik nganggo takon wawasan barang.

Petruk : Lho, Rèng, nèk kowe arêp tuku salak utawa dhuku, apa iya banjur bayar mak gèncêng ngono bae, têmtune rak iya nganggo ngicipi barang dhisik. Sapa sing gêlêm rugi.

Garèng : Wiyah, ana tuku buku têka dipadhakake karo têtuku panganan. Iya wis mêsthi bedane. Nèk tuku buku nganggo diicipi dhisik, yaiku diwaca dhisik, wis têmtu sing adol iya ora bakal olèh, suwe-suwene arêp rabi, dicara têtuku panganan, rak mêsthine ta sing duwe anak banjur muni: tidhak bolih.

Petruk : Lho, aja kok banjur kliru tômpa mêngkono. Anggonku takon rada riwil kiyi, prêlune nèk sathithik-sathithik wis wêruh nyang isine buku sing arêp dak tuku, anggone tuku rak iya mantêp ta, rak iya ora beda karo wong arêp rabi, nèk sadurunge wis wêruh, yèn bakal bojone anggone anggudhêg kampi, rak nang ati mantêp ta, dadi nèk nyang omah aku kloron tansah bisa samênwèrkêng (nyambutgawe bêbarêngan) dhèwèke sing ngolah gudhêge, aku sing ngicipi.

Garèng : E, kurang ajar, tak arani sing jênêng

--- 779 ---

samênwèrkêng kuwi, bojomu sing ngolah, kowe sing idêr ngêdolake jêbul-jêbul kathik mung mikir enake dhewe. Wis, wis, rungokna, luwih dhisik aku tak crita mungguh wawasane Radèn Sutama ing bab pangerang-erange bôngsa siji lan sijine, tanpa aniti priksa kang dadi sabab-sababe. Kaya ta: bôngsa liya ngerang-erang nyang bôngsa Baduwi, diunèkake bôngsa kang kêmproh, ora tau adus. Ananging kang ngerang-erang mau, ora ngèlingi babarpisan, yèn bôngsa Baduwi mau dununge ana ing tanah pasisir kang kurang banyune. Lagi kanggo ngombe bae wis kurang, apa manèh kanggo adus, kang iku rak iya wis dadi jamake, nèk bôngsa mau sabisa-bisa iya banjur ngurangi aduse.

[Grafik]

Petruk : Pancèn iya gampang wong mêmoyok utawa angerang-erang kuwi, lumrahe iya tanpa aniti priksa dhisik sabab-sababe, kaya ta tôngga têparoku, kuwi nèk wis ngerang-erang nyang awakku, nganyêlake têmênan, jarene: ora maido, nèk Mas Bèine Petruk ki pancèn brêgas, cakrak, atrêngginas, mung bae cacade nèk ana pitike tanggane saba mrono ora tau bali. Ora pisan-pisan gêlêm niti priksa dhisik, upama nitia priksa dhisik, rak banjur wêruh, yèn pitike mau tak opèni kanthi bêcik-bêcik, barêng pirang-pirang dina ora dikaruhake, dak arani pancèn wis ditegakake, mulane iya banjur tak palêsirake nyang pasar.

Garèng : Wis sêmbrana, kuwi arane, rak ambêdhog alus-alusan. Ambanjurake wawasan mungguhing karangane Radèn Sutama ing bab alakirabi kang isih kênomên, têmtune bôngsa liya padha ora anocogi, dene ing dunya Jawa kene, cêkake ing tanah Indhonesiah, wong-wonge anggène padha alakirabi isih kênomên, jarene ora bêcik, amarga kang mangkono kuwi miturut katrangane para dhoktêr, bisa anjalari kurang warase.

Petruk : Yah, aku kok ora ngandêl dhing, tandhane: olèhku karo biyangne Si Kamprèt, aku lagi umur 18 taun, dene biyangne Si Kamprèt 13 taun, dadi pancène rak iya isih kênomên, ewadene aku sabrayat têka waras-wiris, laraku sing kêrêp mung kêmlakarên.

Garèng : Lha kuwi rak dudu jênêng lêlara, kuwi rak sabab saka mumpung, mumpung ana pangan pirang-pirang, tak tutug-tutugne anggonku mangan, sarta banjur ora anduwèni duga-duga, wusanane banjur kêmlakarên. Radèn Sutama dhewe iya ora mupakati, yèn anglarang wong alakirabi kênomên, kathik nganggo alêsan dhoktêr. Sabab kang mêngkono kuwi durung kanyataan têmênan,

--- 780 ---

dene anane wong tuwa sok ngomah-omahake anake kênomên, kuwi pancèn iya ana prêlune, kaya ta: tumrape wong tani, arêp ngingu wong kang kudu ambantu panggaraping sawah, kuwi ora bisa, sabab mêsthine rak ora mung kudu ngingoni bae, têmtune rak iya kudu nganggo ambayari, seje karo yèn duwe mantu, anggêre wis ngingoni bae rak uwis cukup, sabab mantu kuwi rak prasasat anak dhewe bae, dadi iya ora ana subasitane. Dadi tak balèni manèh, nèk arêp anglarang wong alakirabi, kuwi nèk miturut pangandikane Radèn Sutama, ora mathuk, yèn nganggo alêsan katranganing dhoktêr kaya dhuwur mau, apike iya kudu nganggenganggo. alêsan liya.

Petruk : Nèk kudu golèk alêsan sing cêsplêng, pancèn iya angèl bangêt. Kajaba kuwi anggone anak wadon sok enggal-enggal dilakèkake kuwi, supaya nuli enggala linuwaran saka panjagane, sabab anjaga anak wadon kang wis gêdhe kuwi, pancèn rêkasa bangêt, lan nèk anake wadon kabênêr mlaku, kok banjur ana wong lanang sing mêncêngêr namatake, apa manèh nèk wonge mau banjur ngèsêmi, wah, rasane ati sanalika kuwi iya banjur phanas kaya talephong saphi phêtul-phêtul.

Garèng : Wadhuh, anggone pasèh nganti kaya jêbolan santri, kang mêngkono kuwi iya ana bênêre, ananging wong tuwa ora kêna kok banjur wêgah panjagane, awit wis dadi kuwajibaning wong tuwa kudu anjaga sarta ngulat-ulatake anake. Aku mula iya cocog karo panêmune Radèn Sutama, yèn sing kanggo alasan anglarangi alakirabi kênomên, kuwi ora liya sabaksabab. kêna diarani siya-siya, awit pancène isih kudu dêdolanan, têka banjur kapêksa kudu nyêkêl omah, têmtune rak iya kithal bangêt. Saya mêsakake manèh, yèn bocah wadon mau banjur dadi biyung, la kuwi...wis, wis, samene bae, nèk kowe arêp wêruh jlèntrèhe luwih bêcik tukua bukune bae, rêgane ora larang, mung f 0,48.

Panglêjar Galih

Satruna : Kula nuwun.

Lurah : Sapa kuwe.

Satruna : Kula Satruni.

Lurah : Omahmu ngêndi.

Satruna : Kula Karangturi.

Lurah : Ana apa.

Satruna : Dipun kèngkèn Mas Bahri.

Lurah : Kongkonan apa.

Satruna : Ngaturakên ulam tambri.

Lurah : Saka ngêndi.

Satruna : Anggènipun anjali.

Lurah : Anjala ing ngêndi.

Satruna : Wontên lèpèn kuthi.

Lurah : Pira tunggale.

Satruna : Tunggilipun têli.

Lurah : Cilik apa gêdhe.

Satruna : Gêdhi-gêdhi.

Lurah : Iwake êndi.

Satruna : Punika wontên jabi.

Lurah : Coba dak andêlêng.

Satruna : Suwawi.

Lurah : Wah kabênêran bangêt.

Satruna : Bilih sampun katampi kula mugi dipun lilani.

Lurah : Iya-iya.

Suwarja

G.d. Têmanggung, Wêlèri.

--- 781 ---

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Minôngka panjagining kasarasan B.G.D. ing Ngayogya nindakakên minôngka pananggulanging sêsakit malariah, tuwin cacing tambang, sarana ngawotênakên kakus ingkang miturut pranataning B.G.D. saha sampun dipun wontêni punggawa ingkang nindakakên bab padamêlan wau. Punggawa wau ugi purun mitulungi andamêlakên kakus, kalayan waragad f 5.-

Pulisi ing Batawi kanthi mantri pèl pulisi ing Bandhung, mêntas anggledhah griyanipun nyonyah bôngsa Tiyonghwa nama L.M.N. ing Cibongi, Pêngalengan. Ing ngriku pinanggih arak pêtêng dalah pirantosipun olah jangkêp.

Ing padhusunan bawah Cêpu, pinanggih wontên sêsakit, sakawit suku karaos linu pêgêl, wontên ingkang mringkil, dipun grayang sakit, manawi sampun makatên, dalunipun badan karaos bêntèr. Kêtingalipun inggih ngagètakên, nanging ugi lajêng enggal saras. Wôntên ingkang gadhah pangintên tuwuhing sêsakit wau jalaran têtiyang ing ngriku sami nêdha wos enggal. Jampi ingkang dipun tindakakên sarana dipun ombèni toya dêgan kalapa ijêm.

YustitiYustisi. ing Padhang mêntas papriksa ing Bêngkulên, ing bab kêkirangan arta ing kantor karesidhenan ngriku, wontên f 5000.- ingkang kenging panggrayangan satunggaling komis.

Ing rantaman B.B. dipun têrangakên ing bab waragad-waragad pambucalan ing Dhigul, ing taun 1929 wontên f 300.000.-

Bêbaya latu ing pamêlikan Sawah Lunta kala 1 wulan punika ingkang kaping tiga, wontên pangintên jalaran saking pandamêlipun tiyang awon, nanging dèrèng sagêd mikut tiyangipun, tuwuhing pangintên wau, jalaran mirid saking kawontênan kêbêsmèn sami kemawon.

Lelang borongan badhe pandamêlipun griya pamulangan lare èstri ing Tanah Tinggi, Tanggêrang, wontên f 34.000 dhawah kantor anèmêr Rode.

Pamarentah sampun nampèni undhang-undhang enggal ing bab pajêg mêrcon ing gêmintê Têgal. Ewah-ewahan undhang-undhang pajêg pamêdal gêmintê Batawi tuwin nêtêpakên undhang-undhang tumindaking ordhonansi ngangkat lisah pèt ing taun 1927.

Pulisi ing Ngayogya mêntas nyêpêngi têtiyang papariman ingkang sami wontên ing pêkên-pêkên, ingkang ngakên botên gadhah sanak sadhèrèk lajêng dipun pasrahakên dhatêng bêstir P.K.O. Muhamadiyah, golongan pamiyaran tiyang mlarat, nanging ingkang gadhah waris inggih kapasrahakên dhatêng warisipun.

Tuwan Mirza Wali Achmad Baig juru sêsorah saking Lahore ingkang wontên ing Ngayogya, gadhah sêdya badhe damêl griya pamondhokan lare sêkolah wontên ing kampung Jayèngprawiran. Tuwan wau gadhah murid kathah saking pamulangan têngahan ingkang sami sinau basa Inggris. Kajawi tuntunaning wulangan sae, anggènipun sami sinau wau namung lêlahanan. Tuwan Mirza lajêng kêtuwuhan pamanggih badhe nyatitèkakên dhatêng kawontênaning muridipun, kadospundi murih rancag anggènipun sinau wau, mila badhe damêl pamondhokan punika, ngiras dados dhirèkturipun.

Ing bawah kabupatèn Kalathèn, dipun wontêni lêmbu pamacêg 5 iji, kabage sabên sakadhistrikan satunggal, pambayaring rêginipun kapêndhêtakên saking arta kas dhusun, etang prêsenan. Pamanggèning lêmbu pindhah-pindhah, sabên tiyang macêgakên mawi ambayar beya mayar kemawon. Ing bawah kadhistrikan Bayat (Klathèn) dipun wontênakên kapal pamacêg 4, wêdalan saking Waingapu (Sumbah), lampah-lampahipun inggih kados lêmbu pamacêg wau.

Pirmah Hagemeyer ing Surabaya mêntas kecalan lading panyukuran Gilette cacah 1600 rêgi f 1600.- Jalaraning kasumêrêpan wau, wontên sawênèhing lênggananipun cariyos dipun tawèni lading kados makatên punika saking tiyang Madura rêgi namung sapalihipun. Sagêd ugi barang wau ical nalika taksih wontên salêbêting baita.

Kawartosakên, ing rantaman waragad nagari taun 1928 wontên sadhiyan arta f 75.000 akangge ngagêngakên pamulangan patukangan tiyang siti, lan malih f 61.000 kangge mêwahi pamulangan patukangan tiyang siti tuwin bôngsa Eropah.

Ing tanggal 20 wulan punika B.O. kalêrês umur 20 taun, pang-pang B.O. kathah ingkang badhe damêl pasamuwan. Tumrap ing Surakarta badhe dipun wontêni wilujêngan dhahar kêmbul wontên ing abipraya, salajêngipun ringgitan wacucal.

Sawênèhing agèn pulisi ingkang nuju ngirid tiyang tahanan têtiga, kadakwa prakawis nganiaya, nalika lampahipun dumugi sacêlakipun margi sêpur Kêtabang tuwin Ambêngan, Surabaya, dipun têmpuh ing tiyang Madura sagolongan, badhe ngrêbat têtiyang ingkang kenging pandakwa wau, pulisi sagêd anglawan, saha botên dangu kêtungka dhatêngipun pulisi sawatawis ingkang têtulung, têtiyang ingkang nêmpuh wontên ingkang kêcêpêng sawatawis.

--- 782 ---

Jaka nama Radèn Nandar, padpindêr ing Salatiga tilar donya. Wêkdal panguburipun jisim, pambêktanipun dhatêng kuburan, tuwin sanès-sanèsipun, sami dipun tandangi ing para sadhèrèk padpindêr piyambak, katingal adamêl cingakipun ingkang sami sumêrêp.

KongkrèsKonggrès. Niok ing taun punika badhe dipun wontênakên ing Batawi malih.

Ing tanggal 7 wulan punika, gêdhong Yapa Bang ing Ponteanak sampun kabikak, mawi pasamuwan agêng-agêngan.

Wontênipun rêrêsah ing tanah Papuah kados ingkang sampun nate kawartosakên wontên ing Kajawèn, sapunika sampun sirêp, residhèn Tèrnate, asistèn residhèn Manukwari tuwin dhipisi kumêndhan sampun sami wangsul.

Kawah enggal ingkang mêntas pinanggih wontên ing bawah Banyumas, sapriki taksih panggêng, agênging kawah wau ingkang satunggal 25 X 15 M. satunggalipun 60 X 35 M. Mumpal-mumpalipun kados kawah ing Diyèng.

Wontên pawartos, bilih Radèn Dwijasewaya ngadêgakên parte enggal, dipun namakakên Budiarja.

Pambantu Kajawèn angabarakên, saking pitulunganipun Tuwan Kwie Liang Tjoa, Sêmarang, ing guwa Langse, sawetan Parangtritis, pasisir kidul Ngayogyakarta, dipun trapi ôndha tosan, prêlu kangge anggampilakên lampahing tiyang ingkang sumêdya tirakat mriku.

Wontên pawartos, bilih ing lèpèn Opak, dhusun Krètèg (Bantul, Ngayogyakarta), inggih punika margi dhatêng Parangtritis badhe dipun pasangi krêtêg, supados anggampilakên lampahing têtumpakan motor sapanunggilanipun, ingkang sumêdya dhatêng Parangtritis.

Wontên pawartos, bilih Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun ing Surakarta, kaparêng mundhut guru jogèd saking karaton Ngayogyakarta, kadhawuhan mulang bêksa Lawung wontên ing Surakarta, makatên ugi guru jogèd wau inggih badhe kadhawuhan sinau jogèd ing Surakarta, supados ugi tumular wontên ing Ngayogya.

Pambantu Kajawèn ing Kêdhungjati N.I.S. martosakên, nalika dintên Kêmis tanggal kaping 26/4 28 ingkang nêmbe kapêngkêr punika, M. Sularna, mandhor boswisên Kêdhungjati, dhistrik Singèn Kidul, Sêmarang, wanci dalu tilêm ing griya pandhapi, kalihan sadhèrèkipun jalêr ingkang nêmbe umur 8 taun. Sarêng jam ½ 3 dalu katubruk ing sima, tatunipun kalih panggenan, ing sanginggil sikut tangan têngên. Enjingipun têrus kabêkta dhatêng ing griya pamulasaran ing Ambarawa, sapriki dèrèng saras.

Nalika dintên Sêlasa, kaping 8/5-28 lare nama Parmin, kintên umur 13 taun, anakipun tiyang nama Jaya a Paimun. Gagriya ing dhusun Ngumbak, dhistrik Singèn Kidul, Sêmarang, ing wanci dalu kaajak bapakipun, tilêm ing kandhang maesa, ingkang kadèkèk sacêlaking patêgilanipun, sarêng kintên jam 1 dalu katubruk saha kagondhol ing sima, watawis 15 M. têbihipun, dene tatunipun kathah saha rêkaos, awit ing pipinipun ingkang sasisih sampun kalajêng dipun cakot ngantos têlas. Wasana namung umur sawatawis jam, lajêng tilar dunya. Môngsa punika pancèn saya katingal kathah wêdaling bêbujêngan wana sanès-sanèsipun, kados ta kêthèk, andhapan, ingkang sami damêl kapitunanipun kônca among tani ing sacêlakipun wana pajatèn.

Bab Kawontênaning Buku

Redhaksi Kajawèn mêntas nampèni buku Sanasunu cap-capan ingkang kaping kalih, saking toko buku S.M. Diwarna ing Ngayogya. Buku wau karanganipun Radèn Ngabèi Yabadipura II,Yasadipura II,. pujôngga ing karaton dalêm Surakarta, isinipun wulang warni-warni, tumrap tiyang anèm sêpuh, wulang limrah tuwin wulang kaalusaning budi, cêkakipun isi sawarnining wulang ingkang mathuk kalihan raosipun bôngsa Jawi. Mirid anggèning buku wau sampun kaêcap kaping kalih, anandhakakên bilih dipun karênani ing ngakathah, dene rêginipun namung f 0.80.

Redhaksi Kajawèn ugi nampèni kintunan buku saking Mas Supardi, mantri guru ing Cilacap, nama buku: Bab Sêsakit Sawatawis, cap-capan ingkang kaping kalih, buku wau nyariyosakên ing bab Kasarasan, kados ta: wêwarah sêsakit warni-warni, dipun cariyosakên rekadaya dalah panulakipun. Majênging panyadenipun buku wau sagêd nitik, dene dèrèng sapintêna dangunipun sampun sagêd ngêcap kaping kalih, lan malih ingkang cap-capan kapisan namung 58 kaca rêgi f 0.75, sarêng ingkang cap-capan kaping kalih 69 kaca, rêginipun namung f 0.50 punika sampun dados tôndha yêkti ingkang nyata mênggahing saenipun, mila botên prêlu dipun alêmbana malih.

Lan malih redhaksi Kajawèn ugi tampi buku Wedhatama cap-capan ingkang kaping 4. Saking buk andhêl Tan Kun Swi, ing Kadhiri. Sintên kemawon tamtu botên kêkilapan dhatêng kawontênanipun buku wedhatama anggitan dalêm suwargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV ing Surakarta. Buku wau ngêwrat wêwarah pêpêthinganing kawruh Jawi, lan malih buku wau mawi dipun sambêti, botên kados Wedhatama ingkang kêlimrah, rêginipun namung f 0.35.

Redhaksi Kajawèn ngaturakên panuwun dhatêng ingkang sami ngintunêngintuni. buku-buku wau.

--- 783 ---

Wêwaosan

Sêsupe Agêmipun Rajaputri ing Seba

40

XII

Kala punika sabagean agêng ing gêrongan wadhah pakan wau wontên sangandhaping ayang-ayangan, saking ngandhap wontên gônda balarongan, inggih punika gandaning singa amor kalihan gandaning daging bosok.

Gêrongan ingkang anggigoni punika ing sisih tiga pisan kinubêng ing julêgan ingkang lêbêt sangêt, dene ingkang sisih wetan, inggih punika papan pandhêlikan kula sadaya, katutup ing tembok utawi curi, ing ngriku wontên korinipun waja pintên-pintên.

Ing sisihipun ngrika kamirêngan wontên swara ingkang anggêgirisi, tamtunipun padununganipun para singa barong ingkang kramat.

Botên têbih saking ngandhap kula sadaya, kêtingal wontên sisa-sisaning tiyang, kados ta jêbolan rambut, pangangge-pangangge ingkang sampun suwèk, lan sasaminipun. Miturut cariyosipun Shadrach punika sisa-sisaning tiyang Fung ingkang dipun pêjahi dening Orme.

Ing ngriku kula ningali kalihan kèndêl sakêdhap dhatêng wêwarnèn ingkang anggigoni wau, salajêngipun Orme ningali jamipun kalihan wicantên makatên: sêrsan, saiki kudu sumadhia, awit miturut calathune propesor, rong jam sauwise rêmbulan andhadhari, dhèwèke arêp dipakakae ing singa barong, dadi kira-kirane iya saprapat jam manèh.

Quick amangsuli: Inggih bandara kapitan, sadaya sampun mirantos, lan têtiyang ingkang sami crèwèt punika kintên kula inggih sampun mirantos, ananging salaminipun Samuel Quick gêsang, dèrèng nate ngraosakên botên têtêg ing manah, tumrap satunggiling pandamêlan, kados sagêdhagan punika. Enggal kucing, andhane niku nuli mang pasang. Bandara kapitan, punika sanjata panjênêngan, lan wadhahipun mimis ênêm sampun sami mêtêng, nanging wontên ing ngrika tamtu badhe botên kangge damêl punapa-punapa, wadhah mimis wau panjênêngan simpên wontên ing kanthongan têngên kemawon, sampun ngantos kasupèn, makatên ugi kula inggih ambêkta punika. Bandara dhoktêr, ngarsa panjênêngan punika wontên cagakipun, môngga panjênêngan kula aturi nlosor wontên ing sela punika, wontên ing ngriku panjênêngan sagêd angsal pêpadhang, ing ngriku wontên uwat-uwat sikut panjênêngan, dados pangincêng panjênêngan sagêd gampil. Punika lho Japhet ugi sampun. Bandara kapitan, manawi panjênêngan samangke sampun karsa paring dhawuh, kula sadaya inggih lajêng sagêd miwiti. Sadaya wau tamtunipun bandara dhoktêr ingkang badhe ngluntakakên dhatêng Japhet.

Orme awicantên: sauwise aku kabèh mudhun saka ing ôndha, sabanjure lumaku sèkêt pêcak ana sangisoring ayang-ayangan, kang anjalari aku wêruh apa-apa, nanging aku ora diwêruhi ing liyan. Miturut calathune Si Shadrach, ing kono papane kanggo ngudhunake kranjang wadhah pakan, sabanjure aku kabèh ngêntèni udhune kranjang, nèk Propesor Higgs ana sajroning kranjang, kowe Japhet kudu nyingkirake dhèwèke, utawa yèn prêlu gendhongên nganti satêkane ing ôndha, ing kana mêngko wong-wong pagunungan kang ambanjurake awèh pitulungan. Dene pagaweanmu sêrsan, mangkono uga pagaweane dhoktêr karo aku, ora liya mung ngêdohake singa-singa barong sarana bêdhile, yèn ana salah siji ditubruk ing singa, liyane ora prêlu nulungi, awit ora prêlu kok banjur ngorbanake nyawa loro, wêkasane kowe Japhet lan Quick sakaloron iya kudu nindakake kapriye kaanane mêngko, lan saiki ayo padha mangkat. Manawa aku ora bisa bali manèh Adams, sang putri putrane para nata dhèrèkna kondur, mêtu ing gang-gang kanthi slamêt nganti tumêkane ing Mur. Kantuna sugêng, dhuh sang putri.

Sang putri ngandika tatag: andhèrèkakên sugêng. Kala punika wadananipun sang putri kêtutupan ing ayang-ayangan pêtêng. Sang putri lajêng ngandika malih: Kula sagêd namtokakên, bilih sadhèrèk panjênêngan sarta panjênêngan badhe sagêd wangsul malih.

Kala punika Pangeran Josua ujug-ujug ngandika makatên: Aku êmoh kalah karo uwong buda-buda iki, ing sarèhne aku ora duwe gêgaman kaya mangkono, aku ora bisa milu nganti têkan growongan, ananging aku arêp mudhun saka ôndha lan arêp anjagani iku.

Orme awicantên sajak gumun sangêt: O, sae sangêt, pangeran, kula bingah sangêt dene badhe sagêd kêmpal kalihan panjênêngan, ananging panjênêgan kêdah ngèngêtana, benjing manawi minggah ôndha malih kêdah ingkang rikat sangêt, awit singa barong ingkang luwe punika botên kêsèd. Makatên ugi panjênêngan kêdah

--- 784 ---

ngèngêti, bilih kula sadaya botên nanggêl manawi panjênêngan manggih punapa-punapa.

Sang putri lajêng ngandika makatên: O, paman, saèstunipun langkung prayogi manawi panjênêngan kantun wontên ing papan ingkang panjênêngan dunungi samangke punika.

Sang pangeran amangsuli: O, anggèr, punapa prêlunipun, supados panjênêngan sagêd mêmoyok dhatêng kula salami-laminipun. Kula tamtu dhatêng panggenanipun singa barong ugi. Salajêngipun sang pangeran lajêng mandhap ing ôndha alon-alonan. Sarêng Quick botên watawis dangu lajêng nusul, sang pangeran sawêg dumugi ing têngah-têngah, lan saking murih enggalipun dumugi ing ngandhap, Quick kêpêksa ngidak astanipun sang pangeran.

Kintên-kintên sawatawis mênit malih, kula sumêrêp tiyang têtiga pisan sampun sami dumugi ing growongan, ananging Pangeran Josua lajêng minggah malih kintên-kintên wontên nêm tataran, lan wontên ing ngriku lajêng jumênêng, astanipun anjêbèbèh mèpèt ing curi, kadosdene tiyang ingkang dipun pênthang. Kula kuwatos manawi panjênênganipun punika kasumêrêpan ing mêngsah, amila kula lajêng umatur dhatêng sang putri, karsaa andhawuhi, supados sang pangeran mandhap utawi minggah babarpisan, ananging sadaya dhawuhipun sang putri tanpa damêl, Pangeran Josua têrus jumênêng kemawon, lan kula lajêng ngèndêlakên kemawon dhatêng panjênênganipun.

Kala punika sanès-sanèsipun lajêng sami ical dening ayang-ayanganing rêca singa. Kula sadaya lajêng botên sumêrêp ing têtiyang wau babarpisan. Dangu-dangu rêmbulanipun saya inggil, padhangipun anyoroti papan panggenan tirahaning balung-balung, soroting rêmbulan kêtingal pêthak kados salaka. Kala punika sêpên mamring, samangke kula sagêd sumêrêp cêtha pancaksuji tosan ing kori-kori, lan kala-kala kula malah sumêrêp rêgêmêng pêtêng wontên sawingkinging kori, makatên ugi sumêrêp têtiyang sami muncul wontên sanginggiling tembok, lan sakêdhap kemawon tiyang ingkang wontên ing ngriku atusan.

Kula lajêng wicantên lirih dhatêng Pangeran Josua makatên: Pangeran, panjênêngan kêdah mandhap saking ôndha, amargi mindhak konangan dening mêngsah. Botên, botên, sapunika manawi minggah sampun kasèp, awit padhanging rêmbulan nyoroti ing sanginggiling mastaka panjênêngan. Sampun, enggal nuntên mandhap, manawi botên, andhanipun kula tarik minggah lan panjênêngan kula dhawahakên.

Pangeran Josua ugi lajêng mandhap saha umpêtan wontên sawingkinging sela sawatawis. Dangu kula sadaya botên sumêrêp dhatêng panjênênganipun, saha lajêng supe babarpisan dhatêng panjênênganipun wau.

Salajêngipun lajêng kêmirêngan têtêmbangan lamat-lamat swaranipun nganyut-anyut, prênahipun têbih, kalêrês sanginggiling sirah kula sadaya. Swara wau saya dangu saya lirih, nanging ujug-ujug lajêng sora malih.

Sang putri ingkang jèngkèng wontên sandhing kula ngêplèk-plèk lêngên kula saha anêdahi ayang-ayangan. Kula lajêng ningali saha sumêrêp barang kintên-kintên kalih atus pêcak saking siti mandhap alon-alonan, kintênipun kemawon, punika kranjang ingkang isi Propesor Higgs, lan pancèn pinuju makatên punapa kadospundi, kala punika ujug-ujug singa barong sami pating glêrêng rame sangêt, bokmanawi singa-singa barong wau sampun sami mambêt kranjang ingkang tansah dipun ajêng-ajêng punika.

Mandhaping kranjang wau saya alon saya alon, ngantos kintên-kintên kantun sawatawis pêcak saking siti. Kala punika kranjangipun lajêng mobat-mabit, sabên-sabên anggandhul mèh mungsêr wiyar sangêt. Sarêng kalêrês wontên ing sapinggiring ayang-ayangan sisih kula sadaya ngriki, kranjangipun ujug-ujug lajêng dipun êjlogakên, saha kranjangipun ambalik, ing ngriku lajêng wontên janggêrênging tiyang dhawah mêdal, ananging ing pêpadhang ingkang samar saha sabab saking papan waradin ingkang jêmbar sangêt wau, janggêrênging tiyang wau katingal salit sangêt. Jalaran saking têbih kula saking piyambakipun wau, kula sadaya botên sagêd sumêrêp cêtha, ewadene kula sadaya lajêng sagêd mastani tiyang punika, inggih punika nitik saking topinipun ingkang dhawah ing siti, lan ujug-ujug kula sumêrêp, bilih punika topinipun Propesor Higgs. Higgs lajêng ngadêg, lumampah alon sangêt lan sajak sakit, amurugi topinipun. Topinipun wau dipun pêndhêt saha kangge ngrêsiki lêbu ing dhêngkul.

Sang putri angandika bisik-bisik: O, samangke pancak sujinipun dipun angkat minggah.

Salajêngipun kewan-kewan galak wau lajêng ambaungi mangsanipun, dene kewan-kewan ingkang wujud manungsa, wontên ing tembok nginggil, saking sênêngipun kanthi kasamaran, lajêng sami ajêlih-jêlih. Propesor lajêng mengo dhatêng wingking, sakêdhap piyambakipun sajak badhe lumajêng, anaging pamanggihipun lajêng katingal sanès, topinipun dipun angge, tanganipun dipun sidhakêpakên, lajêng ngadêg kèndêl anjêjêr. Ing kala punika kula lajêng kèngêtan dhatêng gambaripun Prabu Napoleyon, ingkang têtêp ngandêl dhatêng pêpasthèning Pangeran ingkang dhumawah ing sariranipun.

Sayêktosipun angèl sangêt badhe nyariyosakên punapa ingkang kula sumêrêpi sadaya punika, amargi lampahipun sadaya wau mèh sêsarêngan. Ing sakawit lampahing singa barong botên kados padatanipun, nanging pangintên kula, sarêng pancak suji wau kabikak, singa-singa barong lajêng sami mancolot, prêlu anubruk mangsanipun, ananging têka botên, bokmanawi nuju botên ngêlih, amargi siyangipun mêntas angsal têdha.

Dhatêngipun singa wau dados kalih larik kanthi alon-alonan, jalêr èstri, jumagar, ingkang taksih gogor sami gêgujêngan, gunggungipun sadaya kintên-kintên wontên suwidak, ingkang ningali dhatêng propesor namung satunggal kalih, dene sanès-sanèsipun sami mêncar ing saindênging papan ngriku. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 42, 6 Bêsar Taun Jimakir 1858, 26 Mèi 1928, Taun III

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [785] ---

Ôngka 42, 6 Bêsar Taun Jimakir 1858, 26 Mèi 1928, Taun III

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Pasiraman ing Batangtabit, Payakombo (Sumatra)

[Grafik]

Pasiraman punika têbihipun saking Payakombo wontên 5 K.M. toyanipun bêning lan asrêp. Têtiyang ingkang sami adus ing ngriku sami angraosakên sêgêring badan.

--- 786 ---

Raos Jawi

Pasarean ing Sarawiti

Sambêtipun Kajawèn nomêr 41.

Kados ingkang sampun kacariyosakên ing Kajawèn nomêr 41, pucaking rêdi Sarawiti punika pinanggih wontên dhusunipun agêng, kathah griya-griyanipun. Dene ing trêping pasarean, punika papanipun langkung inggil, dados taksih minggah malih, nanging papanipun ugi waradin. Saking papan ngriku manawi ningali mangalèr kêtingal sagantên ngilak-ilak, sagêd ngatogakên panduluning tiyang, pasisiripun katingal rêdi alit-alit lêlarikan. Manawi ningali mangetan, kêtingal wana pajatèn anggênggêng botên wontên sêlanipun, pêpindhanipun kados anutupi margi ingkang anjog ing Sarawiti. Manawi ningali mangidul, ningali padhusunan ing sanginggilipun rêdi. Dene manawi ningali mangilèn, kêtingal têbaning pasabinan tuwin patêgalan wiyar angêlangut.

Sawangan sadaya wau kados pasêmon, bilih sadaya punika sajatosipun sami kemawon, èdipèni tuwin kuciwaning sawangan, mênggahing tiyang ingkang ngudi dhatêng lêrês, namung araos dados sawangan limrah kemawon, botên badhe dados panggodhanipun ingkang nyawang, mila manawi kawontênan ingkang katingal punika tansah pinanggih jêmbar, jêmbaring jagad tamtu taksih kirang, mila tumraping sawangan ingkang pinanggih wontên pucaking Sarawiti, punika namung minôngka gambaran, bilih kawontênanipun ing ngriku punika namung sarwa ringkês, tiyang kêdah angèngêti manawi sampun manggèn ing pucak.

Ing dalu wau, botên wontên sabawa ingkang kamirêngan, kajawi namung sabawaning walang kècèt tuwin sabawaning kutu-kutu ingkang nywara ing wanci dalu, kala-kala ugi kêmirêngan swaraning kaleyang ingkang dhawah ing siti. Dene ingkang sami andêdagan wontên ing ngriku, êninging ciptanipun namung dipun sawijèkakên, angalap brêkahipun ingkang sumare.

Patrap ingkang makatên punika, kados nunggil misah kalihan raosipun tiyang nyatunggalakên êninging budi, ingkang lèrègipun pados pamarêm ingkang sajati.

Ing wanci sawung kluruk, tarontongipun pêpadhang wanci enjing sampun kêtingal, sabawaning tiyang pating kalêsêt sami badhe mandhap saking pasarean, prêlu sami badhe sêsuci, awit enjingipun umun-umun, sami badhe dipun irit ing juru kunci malêbêt dhatêng pasarean.

Solah ingkang makatên wau botên beda kados kêbukaning manah, ingkang angsal wêwêngan, badhe angraosakên tumandukipun sucining pôncadriya.

Byar enjing juru kunci minggah saha ambikak gêdhonging pasarean, ginarubyug ing têtiyang ingkang mêntas andêdagan ing wanci dalu. Samênganing pasarean, sêkaranipun ingkang sumare kêtingal sumamar wontên salêbêtipun gêgubah pêthak, gandaning

--- 787 ---

sêkar borèh ingkang wontên ing ngriku, anggônda arum mulêg kados ngukup salêbêting pasarean, kaanan sêpên ingkang pinanggih wontên ing ngriku, malah araos kêbak kados sêpêning manah suci.

Ing sapunika mênggahing wigatosing sêdyanipun tiyang ingkang gadhah panggayuh ing bab kasunyatan, kados sampun botên kasamaran malih, pamarêmipun sampun pinanggih wontên ing ngriku.

Sarampunging prêlu, têtiyang ingkang wontên salêbêting pasarean lajêng sami mêdal sadaya, sêmunipun sadaya sami sênêng ing manah, ulatipun padhang-padhang, labêt saking sampun sami kalêgan ing manah wau.

Punika inggih kados pasêmon, bilih tiyang manggih kasunyatan punika ugi kêdunungan kêkuwung tumusaning kasucian.

Samandhapipun saking pasarean, ing sakiwatêngêning margi kathah tiyang sami obong-obong sêpêt, kêtingal ngantos kumutug, cariyosipun ambiyantu nênuwun, murih kadumugèna sêdyanipun, lan malih ing ngriku ugi kathah tiyang sade têkên carang dêling, bathok takêran uwos, tuwin sanès-sanèsipun.

Kawontênan wau têtela kados pasêmon, bilih tiyang ingkang sampun kadumugèn punika, dayanipun ugi ambrêkahi tuwin damêl suyudipun tiyang sanès, punika pancèn sampun kados pinathok dados anggêring jagad, tiyang botên sagêd andamêl, tuwuhipun botên kenging kinayangapa.

Tiyang ingkang wangsul saking pasarean ngriku, sampun ical raosing rêkaos badhe lêlampah malih, mêdala ing pundi-pundi inggih sakeca kemawon.

Ingkang makatên punika, namung minôngka pasêmon, rupak tuwin rumpiling margi dhatêng kasunyatan, punika manawi sampun dumugi, lajêng sagêd nyirnakakên sawarnining èwêd-pakèwêd sadaya, wontênipun namung sarwa dumugi, tuwin èwêd-pakèwêd ingkang sampun kêpêngkêr punika sampun botên badhe kêpêthuk malih.

Wusana namung samantên pinanggihing pangothak-athik ingkang pinanggih wontên pasarean ing Sarawiti.

Ekonomi

Panggaotan saking Mendhong

Mendhong punika bangsaning têtuwuhan ingkang abonggol, uwitipun gilig, wangunipun mèmpêr wlingi. Tuwuhipun ing pasitèn ingkang kathah toyanipun, upaminipun ing siti: sorotan, lorogan utawi pasitèn sapinggiring lèpèn. Mendhong punika kenging kaanam kadamêl gêlaran pacar, mila ugi dados panggaotan agêng, botên beda kados lampahing têtanèn.

Manawi badhe nanêm mendhong, kêdah manah dhatêng pangolahing [pa...]

--- 788 ---

[...ngolahing] siti rumiyin. Dene patrapipun botên beda kalihan manawi badhe katanêman pantun. Rumiyinipun dipun waluku utawi kapaculan kemawon, manawi badhe anglèr dipun garu ingkang ngantos lêmbat. Pandamêling leleran kapetang langkung kikrik tinimbang yèn badhe katanêman pantun, amargi kajawi kêdah lêmbat, ugi ingkang waradin saèstu, sampun ngantos wontên ingkang lêgok gênêng, rumput utawi anggrah-anggrah sanèsipun kêdah dipun rayudi, supados sagêd rêsik saèstu. Ing pasitèn lorogan ingkang ngêmbêl, saèstunipun botên sagêd dipun waluku, kêdah namung dipun paculi. Makatên ugi manawi ingkang dipun garap wau siti tilas rembakan mendhong, sanajan dede pasitèn lorogan ingkang ngêmbêl, kêdah dipun paculi, sabab dhangkèlipun ingkang sampun ngoyod angèl dipun waluku, dene pandamêlipun leleran sagêd dipun garu.

[Grafik]

Bab padamêlan anam-anam punika, malah ing sapunika kêlimrah dipun wulangakên wontên ing pamulangan ôngka 2.

Mênggah ingkang minôngka wijinipun, inggih punika dhangkèl mendhong ingkang mêntas êritan enggal, nanging sampun dipun ingah ingkang sampun tuwuh sêmènipun, watawis sakilan panjangipun. Dhangkèlipun wau dipun perang alit-alit, kadamêl isi watawis sadasanan lênjêr, punika kaceblokakên ing pasitèn ingkang sampun dados leheran,leleran,. dene antawising tanêman satunggal-tunggalipun malang-mujuripun watawis sakaki.

Manawi sampun sagêd tanêm, pangupakara sanèsipun mèh botên wontên, kajawi namung kajagi toyanipun sampun ngantos kêndhat, punika kêdah dipun manah saèstu, amargi manawi ngantos katêndhagan, andadosakên kêraning tanêman. Manawi umuripun sampun salapanan dintên, prayoginipun kêdah dipun watun, prêlunipun ngicali rumput-rumputipun ingkang ngêsêg-êsêgi tanêman, punapa malih tuwuhing rumput punika nyuda lêmèn ingkang dados [da...]

--- 789 ---

[...dos] têdhaning tanêman. Yèn rumputipun botên wontên, sitinipun kemawon dipun idak-idak, pamrihipun supados sitinipun sagêd êmpuk, lan mêdhotakên oyod-oyod ingkang sampun sêpuh, ingkang têmbenipun badhe nuwuhakên oyod enggal, anjalari dados suburing tanêman. Kaladuking watunan punika botên dados punapa, janji dèrèng ngantos dumugi ngajêngakên mêdal sêkaripun kemawon, marambah-rambah ing watunan punika namung atêges dhatêng kopèning pangupakara, ingkang têmahanipun malah sagêd murugakên ing kasuburanipun.

Tanêman mendhong punika ugi asring kaparag ing ama, mênggah ingkang dados amanipun, bangsaning walang alit-alit, warninipun wontên ingkang ijêm, cêmêng utawi sêmu pêthak, punika manawi ngrikiti uwitipun sagêd tatas. Ugi wontên ingkang kala-kala katrajang ama mênthèk, wujuding tanêman sami mêndhak, sampun botên sagêd mindhak panjangipun. Ingkang mênthèkên punika manawi dipun bêdhol, oyodipun sami rantas, dene godhongipun sami katingal abrit-abrit. Mênggah jalaraning ama mênthèk wau, namung saking kirang kalêrêsan gadhanganipun, kacênthèt toyanipun kala tanêmanipun taksih ênèm, utawi kala damêl leleran botên waradin.

Umuripun tanêman mendhong punika ingkang genjah tigang wulan, lêbêt-lêbêtipun ngantos tigang lapan. Tandhanipun manawi sampun sêpuh, katitik saking sêkaripun manawi sampun sami garing. Mendhong ingkang subur, panjangipun sagêd ngantos samètêr, ingkang dhawah magak satêngah mètêr.

Manawi sampun sêpuh lajêng dipun êrit, pangêritipun ngêpok bonggol. Êritan enggal punika dipun unusi, kapilihan ingkang panjang-panjang rumiyin, kadadosakên tigang golongan, ingkang panjang, cêkapan sarta ingkang cêlak piyambak. Sasampunipun rampung anggènipun ngunusi, tumuntên dipun êpe, kajèrèng tipis-tipisan kemawon murih enggalipun garing. Manawi sampun garing, lajêng dipun bêntèli agêngipun satêkêm mangang, samangke nama sampun ngundhuh wohing kangelan, kantun nyadeni sabên pêkênan. Sabêntèl-bêntèlipun ingkang panjang sagêd pajêng 3-4 sèn, ingkang cêkapan watawis sabenggol.

Angèlipun tanêman mendhong punika undha-usuk kemawon kalihan tanêman pantun, nanging waragadipun sakêdhik, ingkang nama panggarapipun siti, namung ing kawitan kala badhe nanêm, dene pangundhuh (panèn) ipun sagêd tigang rambahan. Tanêman ingkang sampun kaêrit, kenging dipun ingah malih, makatên ing salajêngipun sabên-sabên sampun dipun êrit, sagêd kaingah malih ngantos ngêrit tigang rambahan. Sae-saening mendhong punika êritan ingkang kaping kalih, racakipun langkung panjang tinimbang êritan sanèsipun.

Ingkang dèrèng nyipati bokmanawi gadhah pangintên, tanêman mendhong botên sagêd ngawonakên pamêdalipun tanêman pantun, pangintên ingkang makatên punika lêpat sangêt. Tanêman pantun punika sataun namung sagêd panèn kaping kalih, môngka yèn mendhong sagêd rambah kaping tiga. Sarta manawi dipun pirit saking pangupakaranipun, punapa malih yèn katandhing wêdaling waragad ngupakara, langkung mirah nanêm mendhong. [me...]

--- 790 ---

[...ndhong.] Panggaraping siti anggaru maluku, namung sapisan ing wiwitanipun, dene salajêngipun sampun botên ngolah malih, kajawi namung kawatun utawi kaidak-idak. Saenipun malih tumrap siti lorogan sapinggiring lèpèn agêng, ingkang asring kalêban toya ing kalanipun wontên bêna, manawi katanêman mendhong botên andadosakên sabab.

Pamêdalipun siti ingkang katanêman mendhong, sagêd tikêl kalih utawi tiga, tinimbang yèn katanêman pantun.

Mendhong ingkang badhe dipun anam, tumbas ingkang sampun garing, tumuntên dipun kêmplong rumiyin, inggih punika dipun gêntang wontên ing lêsung, parlunipun supados sagêd gèpèng, dados gampil panganamipun.

Manawi sampun wancinipun ngarit, prasasat ambikak pathining rajabrana, ingkang lumintu wêdaling kaskaya. Amargi tampinipun arta icir, botên sagêd brêg kados yèn panèn pantun. Panyadenipun dhatêng pêkên manawi nglêrêsi pêkênan, dipun tumbasi têtiyang ingkang panggaotanipun nganam gêlaran pacar. Ing pêkên-pêkên ingkang sakiwa têngênipun kathah tiyang nanêm mendhong, kathah sangêt têtiyang ingkang sami sade-tinumbas mendhong, damêl agênging pêkên.

Nganam gêlaran punika kajawi ingkang nama panggaotan, limrahipun dados panggaotan sambèn, kagarap tiyang èstri ing wanci dalu. Manawi panganamipun ing waci siyang, mendhongipun gêtas, yèn dalu sagêd wulêd.

Limrahipun ingkang kalampah ing padhusunan, têtiyangipun sami botên bêtah mêlèk dalu, jalaran sampun kêsêl nyambutdamêl ing wanci siyang. Nanging manawi dalu purun nganam, nglêmbur damêl gêlaran, kenging kangge cagak êlèk dumugi jam-jam sawêlas dalu. Yèn dipun grejah makatên, cara petanganipun pancèn botên sapintêna kasilipun, nanging sarèhning padamêlan sambèn, lumayan kangge cagak tuwaking kabêtahan.

Sampun masthinipun, tiyang ingkang andrêgil, purun rumagang ing damêl sanès kajawi wajibibun, sagêd angsal tuking panggêsangan rangkêp, murakabi ing gêsangipun anjalari dhatêng kamayaran, agêngipun dhatêng kacêkapipun.

Gêlaran ingkang panjangipun 2.75 M. wiyaripun 1.75 M. padamêlan sambèn kagarap ing wanci dalu, sagêd rampung ing dalêm kawan dintênan, yèn panganamipun sampun sagêd rikat, sagêd rampung langkung enggal malih. Gêlaran samantên jêmbaripun wau, yèn kasade dhawah bakul sagêd pajêng kirang langkung sarupiyah. Môngka tumbasaning mendhongipun namung gangsal wêlas sènan, dados racakipun botên kirang gadhah pamêdal kalih kêthipan, ing dalêm sadalu namung padamêlan sambèn.

Ing panggenan ingkang para kawula sagêd nyambi padamêlan sanès, kados ta: ngobèng nyêrat, anam-anam, damêl grabah, ngitiki rasukan lan sapanunggilanipun, panggêsanganipun kawula racakipun sagêd têntrêm, tinimbang ing sanès panggenan ingkang têtiyangipun namung mligi nyambutdamêl punapa kuwajibanipun.

K.M. Sasrasumarta.

--- 791 ---

Jagading Wanita

Bab Olah-olah

Gudêg, sambêl gorèng, iwak duduh. Olah-olahan warni tiga punika manawi sampun dipun pupukakên wontên sanginggiling sêkul, sêkulipun lajêng nama sêkul sênenjong. Limrahipun sade wontên ing Surakarta.

[Grafik]

Pamulangan wanita ingkang sawêg sami sinau olah-olah ing Majakêrta.

Gudêg. Ingkang kêlimrah kangge ampas gudêg sêkul sênenjong punika, gori utawi bung, ing ngriki namung dipun pêndhêt ingkang gori kemawon. Gori ingkang agêng satugêl, ingkang taksih cumècèk, ulam thèthèlan utawi balungan 1 kati. Ulamipun dipun godhog rumiyin ingkang ngantos tanak. Gorinipun dipun oncèki lajêng dipun cacah iras kemawon, panacahipun malang-megung, lajêng dipun sisir, lajêng dipun godhog, nanging manawi gorinipun sampun ragi sêpuh lajêng dipun godhog kemawon, lajêng dipun cuwoli, manawi panggodhogipun gori wau sampun matêng lajêng dipun tus rumiyin, wusana dipun cêmplungakên ing godhogan ulam wau. Ampas wau ugi kenging dipun wêwahi so.

Bumbu saha pangolahipun, sarêm 1 1/2 sendhok agêng, trasi tigang klungsu, gêndhis sakêdhik, brambang 16 iji, bawang 5 siyung, tumbar jintên sakêdhik, kêmiri 10 iji, salam 3 lêmbar, laos satêngah jêmpol, bumbu wau sadaya dipun ulêg lêmbat, laos dipun gêcêk, lajêng dipun bumbokakên. Manawi sampun satêngah matêng lajêng dipun santêni klapa 1 iji, salajêngipun dipun olah [o...]

--- 792 ---

[...lah] ngantos namung kantun nyêmêk-nyêmêk.

Sambêl gorèng. Ulam sêlap gajih satêngah kati, dipun iris-iris, kênthang sadasa iji, dipun iris-iris, pête kalih ontong, dipun rajang, lombok abrit 5 iji dipun rajang alus.

Bumbunipun sarêm 1 sendhok agêng, trasi 2 klungsu, gêndhis sakêdhik, brambang 10 iji dipun rajang, bawang 5 siyung dipun rajang, asêm samripat, salam 3 lêmbar, laos saprapat jêmpol dipun rajang lêmbat. Bumbu-bumbu wau sami dipun gôngsa dipun sarêng kalihan lombok, kênthang tuwin pête, (sarêm, trasi tuwin gêndhis kacêmplungakên kantun, manawi sampun tanak lajêng dipun santêni), ulam ugi lajêng dipun cêmplungakên, manawi sampun tanak lajêng dipun santêni ing klapa satugêl, wusana dipun olah ngantos samatêngipun, duduhipun dipun taksihakên.

Iwak duduh. Ulam daging 6 kati, dipun godhog prongkalan, saêmpukipun.

Bumbunipun sarêm 1 sendhok agêng, trasi 2 klungsu, gêndhis sakêdhik, brambang 10 iji, bawang 3 iji, tumbar jintên sakêdhik, salam 3 lêmbar, laos saprapat driji. Bumbu wau ingkang kenging kaulêg, dipun ulêg sadaya, lajêng dipun bumbokakên, manawi bumbu wau sampun matêng lajêng dipun santêni, wusana dipun olah ngantos sakênthêlipun.

Patraping pandhahar, sêkul lajêng dipun tumpangi gudhêg, sambêl gorèng saha iwak duduh, ulamipun dipun suwiri agal.

Dhahar kados makatên wau inggih kenging dipun dèkèki bubuk dhêle utawi dipun kanthèni rambak, dene manawi dipun kanthèni ulam sanès-sanèsipun inggih kenging, nanging kêtingal botên mathuk, utawi lajêng ngicalakên raosing abên-abênan ingkang sampun dados thuk-thukanipun wau.

Piwulang Sae

Tinêmune Wong Ambêk Daksiya

[Dhandhanggula]

Kacarita ing dhukuh Malathi / nguni ana wong dhêmên kêrêngan / Gêdhigjaya pêparabe / tan kêndhat gawe rusuh / ngêndêlake yèn sarwa sêkti / kasusra rosanira / kaya banthèng ngamuk / yèn anjotos pagêr bata / bisa mlompong saêgong ambanirèki / tur sambi tangan kiwa //

Gêdhigjaya nora nambut kardi / amung urip gone utang ngêmplang / anjêjaluk sapadhane / prandene ora nyêbut / gone nora duwèni isin / yèn tinagih ing utang / amangsuli sêndhu / pêngpêngane banjur nantang / ngajak apa sakarêpmu tak ladèni / Gêdhigjaya digdaya //

mêsthi bae kang potang mangsuli: / ora sêdya ngêjak kêkêrêngan / kang tan bêcik wusanane / ênggone nagih mau / amung [a...]

--- 793 ---

[...mung] lugu saka nêtêpi / marang prajangjinira / kasaguhan nyaur / ewadene Gêdhigjaya / babarpisan tan ngromèsi têmbung bêcik / malah banjur anglabrag //

mula kabèh wong ing dhukuh Mlathi / nora ana sudi sêsrawungan / wêruh bae buruhake / kajaba saka iku / wong-wong mau saeka kapti / supata ora niyat / gêlêm atêtulung / manawa Si Gêdhigjaya / nandhang ribêt gêdhene kongsi bilai / kinèn angêtogêna //

kacarita Gêdhigjaya iki / karêmane marang minum arak / luwih ing êkat tadhahe / sawiji dina nuju / Gêdhigjaya atine sêdhih / jalaran katowongan / suwe ora minum / ing wusana banjur lunga / sadhengaha kang kapapag dilarani / mangkana rambah-rambah //

dalan-dalan banjur katon sêpi / wong-wong padha ngundhêr anèng omah / karo ngancingi lawange / wusana gone mlaku / Gêdhigjaya saya nyêdhaki / omahe kaki tuwa / nguni dadi dhukun / kasuwur mustajabira / yèn nambani sakabèh bôngsa panyakit / tur klayan lêlahanan //

pan wus lawas kaki tuwa iki / ngajab-ajab tumulining ajal / jêr wus katog ing uripe / kalane apitêkur / anyênyuwun maring Hyang Widhi / paran margane pêjah / ana swara krungu / nguwuh hèh-hèh kaki tuwa / sumurupa mungguhing patimu iki / wus pêrak mangsanira //

mêngko sira bakal ditêkani / uwong anom ambêk barangasan / tandhingana sagêndhinge / ing kono kamulyanmu / besuk manggon ing suwarga di / lan manèh jênêngira / bakal marbuk arum / pinèngêtan wong sapraja / lan kuburmu tan kêndhat tinêkan janmi / padha angalap brêkah //

swara ilang ora suwe nuli / Gêdhigjaya têka angrêrusak / rupa barang sacandhake / kaki tuwa amuwus / hèh wong anom mêngko ta dhisik / sun arsa atêtanya / lan sapa aranmu / dene tanpa subasita / mlêbu ngomah têka banjur ngobrak-abrik / lah iku patrap apa //

Gêdhigjaya amangsuli bêngis / hèh wong tuwa kang nyidham trêbêla / aja kowe ngelikake / kêtogên kadibyanmu / gonmu ngaku dhukun linuwih / môngsa aku ulapa / mungsuh mring dhapurmu / kaki tuwa mêdhar sabda / babo-babo tan kêna ginawe bêcik / lah payo kêmbarana //

iki ana gêndul loro iji / yèn sanyata kowe wong prawira / payo padha dintèkake / Gêdhigjaya angguguk / jêr katuju kang dikarêmi / wusana kabèh padha / bêbarêngan minum / kaki tuwa wus palastra / Gêdhigjaya krasa lara angranuhi / ênggone ngombe wisa //

wus misuwur wrata sanagari / ing patine dhukun kaki tuwa / kabèh nglayat age-age / kang nyumbang rêbut dhucung / ingkang kêmbang-kêmbang ngèbêki / layone kaki tuwa / samuwa dinulu / kang amikul rêrêbutan / labêt saka gone arêp ngêmum maring / brêkahe kaki tuwa //

saungkure kaki tuwa mati / Gêdhigjaya lara ngagak-agak / kasangsara salawase / tan ana wong têtulung / ing satêmah angrumasani / ing nguni tindakira / mangkene tinêmu / titi tamating carita / liding dongèng wong bêcik anêmu bêcik / wong ala nêmu ala //

Darpa.

--- 794 ---

Waosan Lare

Pinêsthi dadi Kanthi

VI. Lakuning bangawan

[Mêgatruh]

ambalèni lakuning kali kêpungkur / rumasa gêdhe ngluwihi / sajroning batin calathu / e gêdhe têmên saiki / iliku nglênêng lon-alon //

tobat kae ana prau gembong mlaku / jèjèr loro disasaki / wonge sing nunggang kumruyuk / jaran wêdhus kêbo sapi / kabèh padha bisa kamot //

[Grafik]

Sabrangan antawisipun Ngawi kalihan Bojanagara.

apa iya sing jênêng tambangan iku / dene êmung bola-bali / anggawa uwong sathekruk / ora nganggo sôngga-runggi / yèn praune nganti jêbol //

ing lakune sawise olèh satikung / nglênênge saya nglon-loni / ing kono banjur angêdhung / lan arane Kêdhung Kopi / uwonge akèh kumroyok //

lawan akèh omah gêdhe-gêdhe têpung / dene ta ing kono kuwi / uwong sing padha dêdunung / sabangsane pêkir mêskin / jompo nandhang lara ngradon //

kang iyasa mau pamarentah luhur / kabèh padha ditambani / lan dipardi laku jujur / aja nganti ngêmis-ngêmis / padha katrêma ing kono //

ing sajroning omah miskin kono mau / wis pêpak disadhiyani / kang kêna digo nununtun / carane wong golèk urip [u...]

--- 795 ---

[...rip] '/ anam-anam macul kêbon //

ing lakune bangawan nèng kono mau / kêdhunge jêro ngluwihi / lan ngrasa awake punjul / akèh kewan pating sliri / kabèh bae bisa amot //

dhèk ing dina mau ambarêngi nuju / dina padusan Ramlani / wong akèh pating calêbur / lêlangèn adus ing kali / bungah-bungah pating glêmbor //

ana manèh wong akèh anunggang prau / malah nganggo nong-ning nong-ning / sing nyindhèni mêlang-mêlung / mêsthi bôngsa priyayi /Kurang satu suku kata: mêsthi bangsane priyayi. sing padusan kaya ngono //

ra-orane ya bôngsa wong kurang petung / kang sinirik ing wong gêmi / lan manèh le adus mau / jênênge rak ora murah / karo niyate ing kono //

wis ngêlangut lakune bangawan mamprung / alone mung yèn ngliwati / ing sakèhe kêdhung-kêdhung / saliyane saka kuwi / ora tau mlaku alon //

barêng kira wayahe mèh jam sapuluh / ana swara gêgirisi / yaiku krêtêg ing Jurug / krêtêg sêpur diliwati / Èsprès Bandhung mêtu maos //

kali gumun wêruh krêtêg bangêt dhuwur / palêngkune padha wêsi / têmboke ngisor akukuh / kuwat katêmpuh ing banjir / beda têmên karo uwot //

saya nglangut bangawan lakune mau / liwat Sragèn anjog Ngawi / ing Bojanagara têrus / têkan Babad amalipir / kêbawah Surabaya lor //

turut dalan tansah kêjogan ing banyu / mula kêna diarani / yèn gêdhene wuwuh-wuwuh / ing wusanane saiki / ing lakune dadi alon //

iya iku barêng wis têkan Sidayu / banyu wiwit tungtung asin / awit lakune wis kêsuk / robing sagara ngunggahi / bangawan wise mangkono //

ing batine pancèn rada kurang mathuk / dene kuwasane kêndhih / mula muni sêmu gêndhung / banyu apa kowe kuwi / têka wani-wani nyodhog //

sasat kowe ngalang-alangi lakuku / kowe iku bêcik nisih / yèn tak trajang mêsthi larut / sapa kang madhani kali / gêdhene kuwat amomot //

sèn-isèning banyu iwak lawan bajul / tak anggêp mung kaya slilit / prau gembong gèthèk kayu / cukup mung sumlêmpit pinggir / lêmah sing tak têmpuh longsor //

lah ing kono banyuning sagara guyu / dene wangsulane lirih / o bangawan kowe iku / tak kira durung mêruhi / wujuding sagara umob //

pancèn nyata yèn gêdhemu uwis punjul / nanging rak mungguhing kali / nanging yèn kotandhing aku / ewuh gonku ngupamani / têngu gajah durung bobot //

aku ora nêdya ngandhêg ing lakumu / malah kowe sing ngêjogi / arêp nawarke awakku / nanging sing mangkono kuwi / awakmu malah kêlêbon //

wis ta kene sapira ing karosanmu / katogna sing nganti gusis / mêsthi malah mung kêcêmplung / ora pisan andayani / ayo ta aja pakewoh //

wiwit mau kali banjur tanpa bayu / malah tumuli ngêmori / ngalênêng iline banjur / tansah saya mundhak asin / turut dalan anênonton //

thêthukulan sing ana pinggiring banyu / anane wis padha salin / beda lan dhèk mau-mau / lêmah rèpèh papak kali / malah wis akèh sing kaclop //

lawan manèh ing asine saya wuwuh / malah wis êplêk saiki / lan [la...]

--- 796 ---

[...n] banyu sagara lugu / malah rupane wis salin / ijo bêning kinclong-kinclong //

ing lakune barêng wis cêdhak Sidayu / amalipir nuli mampir / ing desa Manyar nguk-inguk / gon wong gawe uyah putih / nuli bablas tanpa menggok //

ing saiki pangrasane kali mau / babarpisan uwis salin / lan sabanjure lumaku / anjog sagara mêdèni / ngungkurke dharatan adoh //

Kabar Wigatos

Pambikakipun Rad Kawula

Sambêtipun Kajawèn ôngka 41

Wêdharing sabda pangandika dalêm kangjêng tuwan ingkang wicaksana guprênur jendral.

Tuntunaning Walandi

Ingkang wicaksana angandikakakên, ngêmungakên manawi nagarinipun atata saha têntrêm, sagêdipun pamarentah lajêng ngyakinakên tuwin nêtêpakên, bilih tuntunaning Walandi kêdah anêtêpi kuwajibanipun ingkang luhur, inggih punika amêncarakên kabêgjan tuwin karaharjaning rakyat, punapa malih anginggahakên drajating rakyat, inggih ing bab gêsang sêsarêngan ing bab ekonomi, utawi ing bab payêpênging praja, ngantos ing wusananipun tuntunaning Walandi sagêd dipun uwalakên, ananging ingkang makatên punika, manawi tumrap ing tanah ngriki tuntunaning Walandi wau ing têmbe wingkingipun taksih dipun bêtahakên.

Nitik kawontênanipun kaprêluan-kaprêluan ingkang wigatos wau, ing wusana ingkang wicaksana amêmuji, mugi-mugi sarasing nalar ingkang ngôngka dhatêng kawilujêngan, kados ingkang sampun kadhawuhakên ing ngajêng, sagêda amujudakên kados satunggilipun bêndungan ingkang kiyat tumrap anadhahi tumindakipun para kaum kabangsan, ingkang anggadhahi ancas ambalela. Makatên ugi sagêda ananggulangi dhatêng dayaning uluk-uluk ingkang botên lêrês, ingkang sêdyanipun supados ancasipun wau sagêda lumêbêt mriku, amargi sanadyan uluk-uluk wau botên dipun rujuki, sarta botên sagêd dipun rujuki, ananging ing panggenan ingkang têtiyangipun taksih kandêl pitajêngipun lan botên nyumêrêpi kalintunipun piyambak, punika botên badhe sêpi ing bêbaya ingkang ngumpêt, ing bab wau ingkang wicaksana botên prêlu ngandikakakên saking papan ngriku.

Kuwajibaning Walandi.

Kapitunan ingkang pinanggih jalaran dayaning propagandhah kados ingkang dipun krêsakakên dening ingkang wicaksana, punika ingkang wigatos tuwuhipun kawontênan-kawontênan ingkang damêl susah wau jalaran saking propagandhah ingkang adamêl bingunging manahipun tiyang kathah, inggih ingkang pinanggih wontên ing nagari Walandi, utawi malih ing tanah Indhiya ngriki, inggih punika ing bab pitakenan-pitakenan [pitakenan-pitake...]

--- 797 ---

[...nan] mênggahing kawontênaning pamarentah Walandi ing tanah Indhiya, ingkang sajatosipun tumrap tumindakipun pulitik ingkang makatên wau dede pitakenan. Sayêktosipun botên kenging dipun sêmang-sêmangi malih, bilih nagari Walandi dhatêng kuwajibanipun ingkang luhur tumrap têtiyang, ingkang miturut punapa ing sampun kalampahan dados bêbahanipun, saha kêdah ananggêl dhatêng kamajênganipun wau, lajêng badhe ngêmohi tuwin angunduri, sadèrèngipun kuwajibanipun wau dèrèng kalêksanan babarpisan.

Ingkang wicaksana angandikakakên, jalaran tuwuhing kêkisruh wau saya anusahakên, dene lajêng wontên gêgambaripun, bilih wontênipun propagandhah wau lajêng kathah para ingkang botên rêmên dhatêng ancasing kabangsan ingkang saras pamanggihipun saha anggadhahi sêdya dhatêng kamajêngan, ing môngka kabangsan ingkang makatên punika, sabên tiyang ingkang lêrês manahipun têmtu anayogyani.

Ing sabagian inggih jalaran saking punika wau, dene para ingkang anggadhahi ancas kabangsan kados ing nginggil punika, sanadyan lêrês cacahipun langkung kathah, dening pangêsukipun saperangan alit saking para ingkang anggolongi ngiwa babarpisan, kawontênanipun lajêng dados botên sae. Ingkang punika bokmanawi tumrap têtiyang wau angèl anggènipun badhe ngatingalakên dhatêng ing jawi, sapintên têbihipun dhatêng para ingkang anggolong ngiwa babarpisan. Saha kadospundi caranipun ananggulangi têtiyang wau.

Klintuning tampi ingkang tuwuhipun jalaran kadonkados. ingkang sampun kacariyosakên ing nginggil, punika saya kawêwahan dening pêpathokan ingkang kamirêngakên, ingkang sajakipun kados lêrês, ananging sayêktosipun malah goroh, inggih punika ingkang nyariyosakên, bilih sêdyanipun botên beda, ananging ingkang beda punika ngêmungakên pamanggih ing bab sarananipun, ingkang lajêng adamêl pisahipun para kabangsan ingkang badhe majêng kanthi pranata lan para kabangsan ingkang golong ngiwa. Kadosdene gagasaning lare ingkang dipun êmong, bilih sagêdipun uwal saking momongan, punika saking wohing kamajêngan punapa mêsthinipun, dados kajêngipun lampahing kamajêngan wau kanthi urut-urutan, tamtunipun lare wau sakawit mila anggadhahi wêwaton sanès katimbang gagasaning lare momongan, ingkang majêngipun wau sarana badhe amêjahi dhatêng ingkang momong.

Ingkang makatên wau salajêngipun lajêng kadosdene botên sagêd ambedakakên ingkang baku antawisipun têtiyang, ingkang nyumêrêpi wontênipun tuntunan Walandi saha sadaya ingkang sampun dipun tindakakên tuwin ingkang sawêg dipun tindakakên, sarta migunakakên punika, minôngka namung satunggal-satunggalipun pirantos kamajêngan ingkang kasadhiyakakên tumrap têtiyang wau. Ingkang sarana kakiyatanipun piyambak lajêng sagêd anglêksanani punapa ingkang dados idham-idhamanipun. Têtandhinganipun wau kalihan têtiyang, ingkang sêdyanipun badhe ngrisak pirantosing kamajêngan wau. Ing wusananipun tumrap rakyat, lajêng kadosdene rubedanipun namung sakêdhik sangêt, bilih sagêdipun têntrêm panyambutdamêlipun, tuwin anggêgêsang wijining kakiyatanipun rakyat ingkang prêlu kanthi urut ngantos dene [de...]

--- 798 ---

[...ne] punapa mêsthinipun, langkung malih ing bab ekonomi sarana dipun ayomi pranatan-pranatan ingkang sampun wontên punika, katimbang dados kurbaning pangrisakipun katêntrêman, karaharjan tuwin kêbêgjan, inggih punika karampunganipun ingkang mêsthi, manawi tuntunaning Walandi lajêng kèndêl ingkang dèrèng mangsanipun.

Kaum kabangsan tuwin Non-Cooperators (para ingkang ngêmohi nyambutdamêl sêsarêngan kalihan pamarentah).

Dhawuh pangandika dalêm ingkang wicaksana, mênggahing sadaya wau sampun lajêng kakintên, bilih ingkang wicaksana botên anguningani dhatêng agênging kasusahanipun para kaum kabangsan ingkang pinanggih ing margi, ingkang tanpa ngukiri dhatêng ingkang dados idham-idhamanipun, lajêng ngatingalakên pamanggihipun, bilih sagêdipun kalêksanan sadaya wau ngêmungakên sarana anyambutdamêl ingkang saèstu kanthi asêsarêngan kalihan pamarentah. Kawontênanipun têtiyang wau ing padudon salêbêtipun pulitik, ringkih sarta angèl, jalaran saking panyobi saening bêbudènipun, tumêmênipun tuwin antêping kayakinanipun. Ananging ing bab punika pamarentah yakin, bilih danguning dangu têmtu badhe lajêng angsal pituwas. Ingkang punika amila kanthi rênaning panggalih, pamarentah lêstantun anggènipun anyawang pamudidaya tuwin panyambutdamêlipun têtiyang wau.

Patrapipun pamarentah ingkang makatên punika kanthi kayakinan sayêktos, botên beda kalihan anggènipun pamarentah anêbihi, ingkang ugi kanthi mulat dhatêng têtiyang, ingkang anggadhahi wêwaton botên purun anyambutdamêl sêsarêngan kalihan pamarentah sarta tansah anêbihi dhatêng pamarentahan ananggulangi ingkang badhe katindakakên dening pamarentah.

[Grafik]

Putranipun Sri Maharaja Amanullah, nata ing Aphganistan, ingkang kakung asmanipun Rahmatullah, lan ingkang putri asma Ila, ingkang sapunika sawêg sami wontên ing Paris, anênggani konduripun ingkang rama ibu saking Londhên.

--- 799 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Bab Dados Kapalaning Juru Pangripta Sêrat Kabar

Petruk : Kang Garèng, salawase aku dadi panji klanthung kiyi, kok banjur pirang-pirang bangêt sing tak gagas, arêp golèk pagaweyan nyang kantor, dhêklomahku mung saka sêkolahan ôngka II, têmtune bayarane ora ambêjaji, arêp golèk pagaweyan angkat junjung, kajaba ora kuwat badane iya ora sae, arêp dadi mandhor, mêsthine iya ora kanggo. Saking gêdhening prihatinku, suwening suwe aku banjur olèh wangsiting dhêmit kang linuwih, dikon anindakake sawijining pagaweyan kang dak cocogi têmênan, awit pagaweyan kiyi brêgas, dièringi ing sapadhaning mênus, pamêtune rada lumayan, tur nèk kabênêr jênênge kawêntar ing ngêndi-êndi, ya kuwi: anyambutgawe amêngku layang kabar. Awakku banjur tak bênum dhewe dadi: dhirèktur up sêkodhur.

Garèng : Wiyah, wong jênênge rak dhirèktur up rêdhaktur, kok diêlih sakrêsa-krêsanya bae. Karo manèh aja kok kira yèn pagaweyan mangkono kuwi gampang, sabênêre rak malah angèl bangêt, lan kowe kudu bisa milah-milah, apa dadi dhirèktur up rêdhaktur layang kabar dinan, apa kalawarti minggon, sabab kuwi pagaweyane rada beda. Kajaba ngono, wong dadi mêngkono kuwi kudu jêmbar kawruhe lan sugih kawruh. Prêlune nèk kabênêr kudu gawe wawasan bab apa bae, bisa maton.

Petruk : Bab kuwi tumraping aku prakara kêcil, awit pangkat dhirèktur up rêdhaktur kuwi rak kuwasa, têgêse dadi aku anduwèni wênang anêtêpake punggawa-punggawaku dhewe. Sabanjure aku banjur ngincêr bae, nèk-nèke ana wong pintêr, sing durung olèh pagaweyan sing maton, sokur wêton sêkolahan sing pêng-pêngan, la kuwi banjur tak ojok-ojoki supaya gêlêm nyambutgawe karo aku, kanthi tak pêpengin, yèn gêlêm rak banjur jênêng mèlu ambantu ajuning bangsane. Ya kuwi utama-utamaning pagaweyan ing donya kene kiyi. Wis mêsthi ta nèk wong mau olèh blônja, sanajan balanjane ora ana sapratêlone blanjanku, awit aku: dhirèktur up rêdhaktur. Yèn dhwèwèke wis saguh, banjur tak angkat dadi: redhaktur. Sauwise pagaweyan sing angèl-angèl lan sing dakik-dakik banjur tak pasrahake nyang dhèwèke, ing sarèhning sing dipacak nang korane mung jênênge dhirèktur up rêdhakture, dadi wis mêsthi ta yèn sing olèh nama mau, iya mung aku dhewe, lan wong ing jaba masa bakala wêruh marang punggawaku [pungga...]

--- 800 ---

[...waku] sing pintêr mau, dadi sing diarani wong ing jaba: pintêr, pêng-pêngan, sugih kawruh, kêndêl, wêkêl lan anjlêgabit iya mung aku dhewe.

Garèng : Wèthèthithèh, la kuwi arane rak dhirèktur up rêdhaktur angênggoni politiking Nata Mêdayin. Wêruha, Truk asmane Nata Mêdayin kuwi kawêntar ing saindênging bawana, ora amarga saka kadibyane utawa saka bêciking bêbudène, ananging ora liya jalaran saka anggone ambawahake para ratu kang linangkung, ewadene ing sarèhing Ratu Mêdayin kuwi dhasare mula bodho sarta ala atine, suwe-suwe iya banjur kawiyak mungguhing bodho lan drêngkine mau. Kaya ta: Nata Mêdayin kuwi kêrêp bangêt ditulungi dening putrane mantu, iya iku Uwong Agung Menak, ewadene mêksa arêp gawe ala bae. Aku kuwatir, mêngko-mêngkone kowe yèn wis dadi dhirèktur up rêdhaktur banjur nyara Nata Mêdayin, kaya ta upamane: ana sawijining awak-awak kang tansah mitulungi nyang kowe, iya iku awèh adpêrtènsi nyang koranmu, utawa maskapemu mau ngêdolake buku dêdagangane awak-awak mau, dadi cêkakane awak-awak mau niyat arêp tulung nyang kowe têmênan. Aku kuwatir, jalaran saka watakmu sing kaya Ratu Mêdayin mau, yèn kowe banjur sêngaja anggolèk marga bisane matèni awak-awak mau. Mara, watêk kang mangkono kuwi harak dora kêna diarani watêk bisae.

Petruk : Prakara kuwi aku ora gêlêm ambil pusing, sanajan awak-awak mau mitulungi sapira bae karo aku, yèn miturut gagasanaku awak-awak mau nêja ngêjori karo dêdaganganaku, mêsthi tak budidaya bisane ihnil mamphus.

Garèng : Hla, durung-durung wis mêtu watêke Nata Mêdayin. Andèkne ora, pêthunthang-pêthunthunge nang jaba jarene arêp gawe majune bangsane, arêp ngunggahake drajate bangsane supaya bisa jajar karo bôngsa sing wis mulya, durung-durung wis katon kamelikanamu marang kadonyan. Kuwatir yèn kurang pêpayone daganganamu, kang anjalari sudaning panampamu phulus. Kang mangkono kuwi apa ora banjur nuwuhake gagasan, yèn pêthunthang-pêthunthungmu arêp ngêjokake bangsamu mau, mung nyang lambe bae, ananging karêpmu kang sajati arêp ngumpulake dhuwit sing akèh, supaya bisa jledar-jlèdèr nunggang motor phiyat.

Petruk : Apa kowe panas, yèn aku bisa nunggang phiyat.

Garèng : Lho, aku malah bungah bangêt manawa ana bangsaku bisa nunggang piyat, mung bae anggêre aja dicokol-cokolake nyang wong liya, mêngko ngarang rada ampêk sathithik, pungkasane dièmbèl-èmbèli piyate, sing padha maca têmtune rak akèh sing padha mulês sirahe. Kajaba kuwi nèk kowe pancèn jênêng wong sing dhêmên nyang bangsamu têmênan, pancène nèk ana ada-adaning liyan arêp ngajokake bôngsa, sanadyan gawe karugianing awakmu sakira, wajibe kowe iya kudu mèlu bungah. Upamane bae: ana awak-awak kang banjur ngêtokake koran kang luwih murah tinimbang koranmu dhewe, kuwi kowe wajib bungah, sabab bangsamu kang jarene

--- 801 ---

kok trêsnani mau, sing padha maca bakal tambah akèhe. Lan kowe aja duwe pikiran, yèn sing bêcik kuwi mung koranmu dhewe, awit sanadyan ora kok cêngèl-cêngèlna, wong rak iya wis duwe pangrasa lan bisa ngarani êndi sing bêcik, êndi sing ala, wis samene dhisik bae, liya dina padha dibanjurake rêrêmbugane, ning atimu sarèhna, aja kêmropok.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Radèn Mas Tumênggung Sumanagara, bupati ing Sragèn, nalika parêpatan Narpawandawa Surakarta, anglairakên pamanggih supados darahing karaton ingkang masakat, puruna ulah têtanèn wontên ing bawah Sragèn, awit ing ngriku sitinipun taksih nyêkapi. Ingkang badhe minôngka cobèn-cobèn, ing sabên tiyang satunggal badhe kapurih anggarap siti saprapat bau, tumrap ingkang sampun gadhah griya badhe dipun sukani garapan sabau. Pasitèn ing ngriku punika paosipun mayar. Lan angandiakakên têtanèn punika dede padamêlan nistha.

Sawênèhipun bôngsa T.M. dhatêng ing konggrès Muhamadiyah ingkang kapêngkêr punika, nyukani sênèl pèrês taksih enggal dhatêng pakêmpalan wau, rêgi f 4000.- kadarman agêng ingkang samantên punika dipun tampi dening H.B. Muhamadiyah kanthi gênging panuwun.

Sawênèhing komis kêlas 1 ing Priyangan Têngah, nama Trieling, awit saking prasabênipun upsir yustisi, supados nyandèkakên anggènipun kaparingan pêrlop dhatêng sajawining nagari, awit badhe dipun tindakakên prakawisipun ing bab paos nyewakakên oto botên salêrêsipun.

Lulus iksamên H.K.S. ing Bandhung M. Ahmad Hambali Jayadipura, M. Muhamad Salèh Andasasmita, Jaka Gêlarajo Bandaro, Amili, Bahtiyar, Kamarudhin, Nasution, Jaman Hasibuan, Abdul Orman Sirêgar, Sutan Takdir, H. Senduk, B. Suwarna Yasawidagda, Dinneman, Marah Kaharudhin Gelar Marah Maharaja Lelo, Marah Ahmad, Lasib, Sugiyaji Singaatmaja, Kasim Katamsi Pringga Diharja, Saptenno, J. C. Marc., Suratiman.

Kalih taun sapriki wontên dhawuh saking Dienst Mijnbouw, mriksa kawontênanipun kawah ing Kamojan, sakilèn rêdi Guntur, punapa kêkiyatanipun kenging kangge migunani kêkiyatan èlèktris. Sapunika sampun wontên katrangan, bilih prayogi. Sambêt kalihan bab punika ugi mriksa kawah Sikidang ing Diyèng.

Tiyang ingkang nêdya badhe dados punggawa gêndhis, ingkang tumrapipun ing Indhiya ngriki kalêbêt wigatos, punika kêdah dados lirlingipun administratur, manawi padamêlanipun sae ing têmbenipun angsal prêsenan, manawi anggènipun sinau ing ngriku sampun nyêkapi lajêng mlêbêt sinau ing Bondssuikerschool ing Surabaya ing apdhèling A, laminipun sinau wiwit tanggal 1 Nopèmbêr dumugi 1 April. Sasampunipun angsal dhiploma saking pamulangan ngriku sagêd nyambutdamêl wontên ing pabrik dados assistent chemist, tuwin sasampunipun ngêcakakên sawatawis laminipun, wangsul dhatêng pamulangan malih ing apdhèling B. Manawi sampun tamat saking ngriku, saha sampun angsal dhiploma tuwin Syndicaat dhiploma, lajêng sagêd nyambutdamêl dados chemist, tuwin pangkat sanès-sanèsipun. Ingkang sagêd sinau mriku kêdah saking H.B.S. 3 taun Milo utawi Tecnische school, dene ingkang sampun wêdalan saking H.B.S. 5 taun utawi A.M.S. sagêd anjujug ing apdhèling B. Katrangan sanès-sanèsipun kenging takèn dhatêng dhirèkturing pamulangan.

Wontên wartos, bilih ing Technische Hoogeschool ing Bandhung badhe dipun gambloki wulangan Middelbaar acte wiskunde, malah tumrap ingkang prelu-prêlu sampun dipun tata.

Kawartosakên bilih badhe wontên angkatan kuli kangge Suriname, manawi sagêd badhe ngangkatakên 900. Ing taun punika kawontênaning kuli kontrak ingkang dipun angkatakên dhatêng tanah sabrang botên patos kathah. Kiranging kuli ing Sumatra dumuginipun sapunika wontên 70.000.

Panjênênganipun Kangjêng Sultan ing Dhèli, ing tanggal 24 wulan punika mikramèkakên putra asma Têngku Amir, angsal salah satunggiling putri ing Kasultanan Parak.

Benjing rawuhipun kangjêng tuwan ingkang wicaksana ing Magêlang, tanggal kaping 27 wulan punika, ing Candhi Mêndut tuwin Barabudhur botên kenging dipun dhatêngi têtiyang wiwit jam 10 dumugi jam 2.

--- 802 ---

Ing tanggal 1 Januari 1929 èik ordhonansi enggal badhe tumindak. Wiwit tanggal wau timbangan ci tuwin hun punapadene timbangan sanès-sanèsipun ingkang dèrèng dipun idini dipun èik botên badhe dipun èik malih. Ing salêbêtipun taun 1929 kajêng timbangan sarana tangsul ing bawah Ngayogya tuwin Kêdhu botên dipun kengingakên malih.

Ing Surabaya sabibaripun wulan Siyam, kathah sangêt tiyang ingkang nglêbêtakên sêkolah anakipun wontên ing H.I.S. saya malih ing pamulangan ôngka 2, lare ingkang badhe malêbêt sêkolah mriku ngantos wolung atusan. Ing Surabaya wontênipun sêkolahan ôngka 2 wontên 11 ing sapunika prêlu badhe dipun wêwahi malih.

Lulus iksamênipun dados Ind. Veearts, Abas Harsana, Radèn Utamadi, Ojuk Supratigna, Sahar, Sumitra, Susêtya, Radèn Suwasa, C.C.T Steiginga.

Pulisi ing Magêlang mêntas nyêpêng tiyang 4 ingkang sami kanggenan arta palsu, ringgitan 40 rupiyah 80. Tiyang sakawan wau anggènipun ambalibukakên arta palsu dipun tindakakên wontên ing pêkên, griya pagantosan. Salah satunggalipun tiyang wau, nalika sawêg ambalibukakên arta ringgit wontên ing pagantosan, konangan ing rêsèrse lajêng kacêpêng, nanging arta wau dipun priksakakên dhatêng kas nagari, nganggêp botên palsu, makatên ugi Yapa Bang, arta wau lajêng kakintunakên dhatêng Yapa Bang Batawi, ngêntosi karampungan.

Sawênèhipun bôngsa Tiyonghwa ing Batawi nuju numpak pit motor wontên ing margi dhatêng Tanjungpriuk, dipun cêpêng ing pulisi Walandi, têtela botên gadhah rebêwis, nanging tiyang ingkang kacêpêng wau lajêng ambêsêli arta dhatêng pulisi f 2.50 wusana malah dipun prakawis pisan. Prakawis wau sampun kapriksa ing langêrèh, bab prakawis anggènipun botên gadhah rebêwis kadhêndha f 12.50 dene bab anggènipun bêsêl dhatêng pulisi dipun pasrahakên ing pangadilan landrad.

Sudagar oto Wesselmam ing Madiun, mêntas ngintunakên sêrat angêtèkên gangsal iji isi arta f 2500.- langkung, ingkang nyumêrêpi komis utawi klèrêk ing kantor dhinês bêlastêng, sêrat-sêrat wau kakintunakên dhatêng Ngawi, Situbônda tuwin Surabaya. Sêrat ingkang dhatêng Ngawi isi arta f 1500.-, nanging sarêng sêrat dipun tampèni, botên wontên isinipun arta, dene wawratipun sêrat wau taksih têtêp kados nalika kakintunakên. Sapunika sawêg dipun titi priksa ing yustisi Samarang.

V.N.L. mêntas angrêmbag amtênar tiyang siti ingkang badhe dhatêng Mêkah. Pèngêtaning rêmbag, mratelakakên badhe maringi palilah dhatêng para amtênar tiyang siti kenging pêrlop dhatêng Mêkah sapisan, wragadipun malampah mantuk dipun sanggi ing parentah.

Radèn Sastra Sudirja, patih pènsiun ing Têgal, ingkang katahan ing kunjaran prakawis kadakwa ngapusi, atas saking dhawuhipun pokrul jendral, sapunika dipun luwari, nanging prakawisipun taksih dipun tindakakên. Prakawisipun wau dipun êmbani panjênênganipun Mr. Bêsar.

Ing pakunjaran Tanggêra mêntas wontên tiyang paukuman kêkalih miruda, ingkang satunggal ukuman 11 taun, satunggalipun ukuman 14 taun. Sapriki dèrèng kêcêpêng.

Ing dintên Sênèn kapêngkêr Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana bidhal saking Wèltêprèdhên nitih èksêtratrin dhatêng praja karajan Jawi, sontênipun dumugi ing sêtatsiyun Tugu, kèndêl sakêdhap lajêng dumugi Prambanan, wontên ing ngriku dipun pêthuk pangagênging nagari tuwin putusanipun Ingkang Sinuhun ing Surakarta. Dumuginipun sêtatsiyun Balapan dipun pêthuk ing Panjênêngan Dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun sapandhèrèk, saha rêsidhèn. Ingkang Wicaksana lajêng nitih kreta kaprabon Kyai Garudha Kancana. Samargi-margi dipun urmati wadya baris tuwin têtiyang urut margi. Dalu nyare ing dalêm karesidhenan. Dalunipun Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana lênggah ing ngajêngan saha mriksani taptu tuwin barisipun para wadya ingkang ngurmati.

Enjingipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara sowan ing karesidhenan dipun dhèrèkakên ing mayor lesiyun tuwin para bupati sawatawis ngaturakên sugênging rawuh dalêm. Jam sawêlas ingkang wicaksana malêbêt ing karaton, Ingkang Sinuhun sakalihan Kangjêng Ratu Êmas mapag ing srimanganti. Wontên ing kadhaton dipun sêgah lêlangên badhaya Srimpi, dumugi jam satêngah kalih wêlas, lajêng dhatêng Mangkunagaran, jam kalih siyang sawêg wangsul dhatêng dalêm karesidhenan.

Kala nyarêngi pasamuwan balapan ing Surakarta, wontên bôngsa Tionghwa ing Jawi Wetan kawon main bakaran ngantos f 500.000. Nalika sangunipun sampun têlas, lajêng anggantosakên andhiling kabudidayan sarta nyade tokonipun taksih enggal, mila sagêd ngantos kawon samantên.

Ing sapinggiring lèpèn Mlinting, Pakalongan, wontên sawêr ingkang dipun anggêp kramat, têtiyang ingkang nyatakakên sami sumêrêp sirah sawêr mênthongol saking ngêrong, wontên ingkang cariyos, bilih sawêr wau titising tiyang, ing sapunika tiyang ingkang dhatêng mriku ngantos ewon, nganggêp manawi sawêr wau kenging dipun têdhani sawab.

Pamarentah mêntas matah kumisi mriksa kawontênanipun têtiyang Baduwi ing Bantên, ingkang kaangkat dados kumisi, Radèn Adipati Arya Ahmad Jayadiningrat, Prof. Boeke, Prof. de Langen tuwin Dr. van Tricht, wusana sawangsulipun saking titi priksa sabar ing damêl, awit tiyang Baduwi punika panggenanipun lêbêt, tuwin botên purun kadhatêngan tiyang sanès bôngsa, dene ingkang dipun angkên ing pangagêng namung panjênênganipun Radèn Adipati Arya Ahmad Jayadiningrat.

--- 803 ---

Wêwaosan

Sêsupe Agêmipun Rajaputri ing Seba

41

XII.

Samênit malih, sangandhap kula sadaya lajêng kêmirêngan wontên panjêlih ingkang dados gêtêring manah. Ing ngriku kula sumêrêp pangeran mancolot anglangkahi curi, saha lajêng mènèk ôndha, ingkang rikatipun botên wontên ingkang nyamèni.

Sanadyan Pangeran Josua rikata kadospunapa, kewan panjang alit saha ambêngkuk langkung rikat malih, kewan wau lajêng ngadêg suku kalih, sukunipun ingkang satunggal dipun ranggèhakên - ngantos sapriki kula taksih kêtingalên kukunipun ingkang mancèrèt punika - saha lajêng nyampluk dhatêng Pangeran Josua, kukunipun wau angèngingi pêngkêranipun Pangeran Josua, lan sariranipun sang pangeran sajak lajêng tumèmpèl ing ôndha. Salajêngipun sang pangeran dipun gèrèt alon-alonan mangandhap. Lan inggih talah têmên, dene Pangeran Josua wau jêlih-jêlih sangêt. Sukuning singa satunggalipun anututi badhe mangsuli panggèrètipun wau, ananging kula lajêng nalosor, gêlanganing suku kula dipun gocèki ing tiyang Abati satunggal. Jalaran saking patrap makatên punika, kula sagêd nyanjata ngèngingi pathaking kewan wau. Singa dhawah mangandhap, saha ambêkta pangagêman Pangeran Josua ingkang ngandhap sabagean agêng.

Salajêngipun Pangeran Josua lendheyan ing pojok sarta dipun pitulungi ing têtiyang parêdèn sawatawis, amargi kala punika kula piyambak botên kobêr manah dhatêng panjênênganipun.

Kala punika kula sumêrêp Japhet ngadêg wontên sacêlakipun Higgs saha tanganipun sraweyan, botên têbih saking ngriku wontên singa barong kêkalih, namatakên anjingglêng dhatêng tiyang kêkalih wau. Kala punika Higgs nuding-nudingi dhêngkulipun, bokmanawi kalanipun dhawah dhêngkulipun Higgs sakit, ingkang punika piyambakipun lajêng botên sagêd lumampah, Japhet lajêng nêdahakên gêgêripun saha mêndhak, Higgs lajêng minggah ing gêgêripun, kalih-kalihipun lajêng murugi ôndha, Japhet anggendhong Propesor Higgs, kadosdene lare anggendhong lare.

Singa barong jalêr lajêng linggih saha mandêng sêmu jatmika dhatêng têtingalan ingkang nganèh-anèhi punika, ananging singanipun barong èstri, ingkang kapengin badhe nyumêrêpi, kados watakipun tiyang èstri, ngêtutakên Higgs kanthi ngambus-ambus. Propesor Higgs ingkang tansah menga-mengo lajêng mêndhêt topinipun saha kasawatakên dhatêng singa barong wau. Pun singa lajêng anggêro, nubruk topi wau lajêng kangge dolanan, kadosdene kucing dolanan bolah ikal-ikalan, ananging botên watawis dangu topinipun wau lajêng kadhawahakên malih, saya anggêro cêkak-cêkak nanging kêrêp, ngopat-ngapitakên buntutipun saha ngancang-ancangi badhe nubruk. Kala punika kula botên sagêd anyanjata, amargi mimis ingkang badhe ngèngingi singa barong èstri wau, tamtunipun sakawit angèngingi Japhet nratas dhatêng Higgs.

Sarêng kula ngintên, bilih badhe dados pêjahipun tiyang kêkalih wau, ujug-ujug saking sisih sanès wontên ingkang anyanjata, ing wusana singa barong èstri wau ambanyaki dhawah ing siti. Salajêngipun singa barong jalêr anjênggirat tangi saking anggènipun kalêlar-kalêlêr wau, saha lajêng nubruk, ingkang katubruk wau dede tiyang kêkalih, nanging singa barong ingkang nandhang tatu punika. Ing ngriku lajêng tuwuh pasulayan ingkang anggêgirisi.

Têtiyang kathah ing sanginggiling tembok, sapunika sumêrêp mênggah kawontênanipun ingkang saèstu, saha lajêng sami jêlih-jêlih nêpsu sangêt. Ingkang makatên wau anjalari kewan-kewan galak sami bingung, saha sami gêro-gêro sumêbar dhatêng pundi-pundi. Dene lampahipun Japhet kalihan gendhonganipun alon sangêt, ananging têrus majêng dhatêng ôndha.

Ujug-ujug kula lajêng mirêng suwaraning sanjata brondongan, dhatênging suwara wau saking sawingkingipun rêca singa barong, inggih punika Orme lan Quick ingkang sami pados margi, makatên ugi kula lajêng nyanjatani langkung sirahipun tiyang kêkalih wau dhatêng kewan ingkang ngrêridhu. Sanadyan jalaran saking rêmêng-rêmêng wau kula botên sagêd ngincêng yêktos, ewadene kula sagêd ngèngingi kewan-kewan sawatawis, ingkang lajêng sami dhawah pêjah.

Japhet kanthi anggendhong Higgs, Orme tuwin Quick têbihipun saking ôndha kintên-kintên kantun kalih dasa pêcak, kula sadaya sami ngintên, bilih têtiyang wau sampun luwar saking bêbaya, amila lajêng bêngok-bêngok kêsênêngên. Têtiyang kathah ingkang sami anêksèni luwaring kurban saking bêbaya ingkang nganèh-anèhi wau sami ngontog sangêt.

Ananging ujug-ujug kawontênanipun ing ngriku lajêng malih babarpisan, sapunika saking pundi-pundi lajêng wontên singa barong dhatêng, saha

--- 804 ---

lajêng prasasat ngêpung dhatêng têtiyang sakawan wau, dene ingkang damêl ajrihipun sakêdhik singa-singa barong wau, pambêngoking tiyang tuwin ungêling sanjata, ingkang salaminipun dèrèng nate dipun mirêngi.

Wontên singa barong ingkang sampun jumagar mancolot anglumpati Japhet, kula lajêng nyanjata saha ngèngingi lêmpèngipun. Saking sakitipun, singa barong lajêng nêpsu sangêt, ananging malah lajêng kasupèn anggènipun nêmpuh dhatêng têtiyang sakawan wau. Orme kalihan Quick, pancèn sarana dêdamêlipun sagêd angluwari bêbaya piyambak, ananging kalih-kalihipun botên mêntala nilar Japhet kalihan Higgs ingkang tanpa daya wau. Ing ngriku bêbayanipun sampun katog.

Tutna aku, makatên pangandikanipun sang putri, saha lajêng badhe tindak dhatêng ôndha, nanging kula lajêng mênggak supados wangsul malih, saha kula lajêng wicantên makatên: ora, wong-wong Abati ngêtutna aku. Apa mêsthine kang dadi panuntunmu ana ing baya pakewuh iku wong wadon.

Kula botên gadhah pangintên babarpisan, bilih kula kalihan têtiyang Abati sagêd mandhap saking ôndha, ewadene sadaya sami sagêd mandhap, lan ing ngriki pantês dipun alêmbana, dene kula sagêd mêwahi cariyos kula, bilih têtiyang wau sagêd bêngok-bêngok kados setan, saha ngobat-abitakên lamêng ingkang panjang tuwin angajrih-ajrihi.

Dhatêng kula sadaya ingkang dadakan wau pinanggihipun anggumunakên, jalaran saking ramenipun, singa barong sami kagèt saha sami lumajêng dhatêng pundi-pundi.

Lêt gangsal mênit malih, kula sadaya sami linuwaran saking bêbaya kanthi wilujêng.

Makatên cara-caranipun kula sadaya anggènipun angluwari Higgs saking guwaning singa-singa barong kramat, ingkang anjagi rêca dewaning têtiyang Fung.

XIII. Lêlampahanipun Higgs.

Salaminipun kula dèrèng nate nyumêrêpi golonganing tiyang, ingkang katingal sayah sangêt saha rontang-ranting sandhanganipun, kados kalanipun kula sadaya mêdal saking gang-gang kina wau dumuginipun ing parêdèn Mur, ewadene kula sadaya ngrumaosi sênêng ing manah, amargi lêlampahan ingkang mêntas dipun lampahi punika, sanadyan ambêbayani sangêt, sarta kenging dipun wastani mokal, ananging sagêd kalêksanan kanthi wilujêng. Kula sadaya sagêd angluwari Higgs saking cangkêrêmaning singa barong, malah kaca mripatipun ingkang dipun wastani jandhela cêmêng inggih taksih wêtah.

Makatên ugi Pangeran Josua inggih bingah panggalihipun, sanadyan ta sang pangeran nandhang tatu saking pandamêling singa, amargi panjênênganipun inggih tumut ngambah ing bêbaya wau, ingkang punika tamtunipun inggih lajêng dipun wastani tiyang kêndêl ing salami-laminipun.

Namung kula ingkang botên sagêd tumut sênêng-sênêng kados sanès-sanèsipun, awit inggih lêrês, mitra kula sagêd kêtulungan, ananging anak kula jalêr rak taksih dados tawananipun têtiyang Fung.

Salaminipun kula badhe botên supe dhatêng wêkdalipun kala mêntas nulungi Higgs wau. Sasampunipun kula nutup sela ingkang kangge kori kanthi ngatos-atos, kula sadaya lajêng nyumêt dilah, ing ngriku warninipun Higgs katingal anggêgirisi sangêt, badanipun kêbak rah, panganggenipun rontang-ranting, kajawi punika piyambakipun katutan gandaning singa ingkang balarongan. Higgs wau lajêng ngrogoh kanthongan mêndhêt pipa, ingkang anggumunakên sangêt dene pipanipun wau botên pêcah.

Aku bok kowènèhi bakomu sathithik. Makatên mênggah wicantênipun Higgs ingkang kawitan. Bakoku wis êntèk babarpisan, êntèk-êntèkane kalane aku arêp dilêbokake ing kranjang kang mambu bangêt kae.

Kula lajêng nyukani sata sakêdhik dhatêng piyambakipun, saha piyambakipun lajêng ngêrèk, dene padhanging rèk wau amadhangi wadananipun sang putri, ingkang kala punika mriksani dhatêng Higgs kanthi gumun saha rêna ing panggalih.

Higgs awicantên: wah wong wadon têka ayu têmên. Dhèwèke ana kene kuwi gawene apa, lan kuwi sapa.

Sarêng kula nyariyosakên mênggah kawontênanipun sang putri wau, Higgs lajêng enggal-enggal ngadêg, nyêpêng topinipun ingkang sampun lami ical wau saha matur dhatêng sang putri mawi basa Arab kanthi titis aturipun: bingah sangêt dene piyambakipun angsal pakurmatan ingkang dadakan punika, makatên salajêngipun.

Sang putri lajêng paring wilujêng dhatêng Higgs anggèning linuwaran saking babaya. Kala punika rainipun Higgs lajêng kêtingal anjênggurêng saha lajêng umatur makatên:

O, inggih sang putri, lêlampahan ingkang kapêngkêr punika pancèn ambêbayani yêktos, kula ngantos prasasat botên sumêrêp, punapa kula punika Daniel punapa Ptolemy Higgs. Salajêngipun Higgs wicantên dhatêng kula sadaya makatên: iya kônca-kônca, anggonku ora nglairake gêdhening panarimaku marang kowe kabèh, ora saka sabab aku ora nrima, ananging sabab saka aku ora bisa, awit aku rumasa rada lêr-lêran. Anakmu lanang Adams, waras bangêt, aku lan dhèwèke dadi mitra kang rakêt, ana ing kana dhèwèke ora prêlu dikuwatirake, sang Sultan Barung uga sawijining prayagung sêpuh kang apik bangêt panggalihane, rêmên bangêt marang anakmu, lan putrane putri arêp didhaupake karo dhèwèke. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]