Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-08, #1643

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1928, #1643
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-01, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #373.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-02, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #374.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-03, #1643 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #375.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-04, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #376.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-05, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #377.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-06, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #378.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-07, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #379.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-08, #1643 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #380.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-09, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #381.
10.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-10, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #382.
11.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-11, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #383.
12.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-12, #1643 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #384.

Ôngka 61, 13 Sapar Taun Alip 1859, 1 Agustus 1928, Taun III.

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1085] ---

Ôngka 61, 13 Sapar, Taun Alip 1859, 1 Agustus 1928, Taun III.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Surabaya.

[Grafik]

Lumahing kitha Surabaya dipun tingali saking gêgana. Para maos sagêd anggalih piyambak mênggahing agênging kitha wau.

--- 1086 ---

Raos Jawi

Ing pundi Pantoging Kasênêngan.

Sampun kacariyos bilih tiyang nyambut damêl punika bakunipun ing tekad namung ngupados sênênging manah. Lairipun tiyang nyambut damêl ingkang dipun upadosi: yatra, nama, pangalêmbana tuwin sasaminipun. Sanajan tiyang nyambut damêl nyêngkut ingkang tanpa ngalap bêrahan, punapa ingkang dipun padosi, inggih namung sênênging manah.

[Grafik]

Tiyang pasulayan, ingkang namung badhe pados unggul.

Tuwuhipun pakêmpalan tiyang sami damêl golong-golongan, ingkang kaudi condhong saha rukun, manawi sampun condhong saha rukun amasthi nambahi ing kasênênganipun. Nyandhak tiyang ingkang lampah awon, kados ta: mêmandung, ngutil, nyêbrot, ngabotohan lan sapanunggilanipun, punika sampun têtela bilih sadaya wau kaewokakên tindak awon, ewasamantên mêksa katindakakên dening tiyang ingkang purun anglampahi, awit inggih namung nuruti sênênging manahipun, nanging tumrap tiyang mangrêtos suthik anglampahana ngupados sênênging manah ingkang mêdal saking tindak awon wau.

Sapunika kagêntos,gêntos. tumrapipun tiyang ingkang ahli lampah, kados ta: sampun angêmohi samubarang kawontênan ing donya, sampun malih nyambut damêl, nênêdha utawi nyandhang ngangge kemawon sampun botên purun, punika punapa ingkang dados pêpuntoning tekadipun, botên liya inggih dhatêng kacondhongan, murih sagêda gathuk gêgayuhanipun. Kacondhongan tuwin kagathukaning gêgayuhan ingkang dipun gayuh, manawi sampun pinanggih, punika nama sênêng ugi.

Tiyang ingkang ahli lampah kados makatên wau, manawi katitik saking lairipun pancèn katawis susah ingkang nglangkungi, awit tindak-tanduk saha pratingkahipun sampun mèh botên nyondhongi dhatêng kawontênan ing donya. Ananging mokal manawi pratingkah ingkang makatên wau botên mêngku kajêng badhe manggih kasênêngan ingkang linangkung. Yèn pancèn makatên, têtela ing ungêl-ungêlan: susahe amêngku sênêng, utawi ênênge amêngku osik, punika manggèn ing tiyang ingkang makatên wau.

Tiyang pêrang utawi kêkêrêngan, punika sami ngangkah mênang, suthik kasoran, awit salêbêtipun pêpêrangan utawi kêkêrêngan ngriku sampun gadhah wawasan bilih tiyang nêmahi kawon badhe gampil dhumawah

--- 1087 ---

ing kasusahan, sanadyana ingkang mênang wau dèrèng kantênan yèn sagêd angsal kasênêngan, ewasamantên ing gagasan gadhah panjôngka manawi ing salêbêtipun kamênangan makatên isi kasênêngan, pramila kêkalihipun sami suthik kasoran. Tôndha yêktinipun: manawi tiyang badhe kêkêrêngan, môngka sanalika punika lajêng èngêt: iya, upama aku mênang utawa unggula sajroning kêkêrêngan iki bakal nêmu apa, sanajan mênanga durung mêsthi yèn aku nêmu kasênêngan, tur ora olèh opah. Yèn sadèrèngipun kalampahan sami gadhah panglaras makatên, amêsthi tiyang tinêbihan ing kadadosan pabên utawi kêrêngan wau. Kajawia yèn bangsanipun boksên punika sanès nama kêrêngan, punika abên kakiyatan angrêbut nama. Awit ing sadèrèng lan sasampunipun ngadat kanthi badhami, ananging ugi taksih ngênggèni manah pangajêng-ajêng sênêng kemawon.

Wangsul tumrap tiyang nyambut damêl ingkang tanpa ngalap bêrahan, punika dipun wastani têtulung, ingkang dipun tulungi limrahipun sumêdya malês kasaenan, saha kasaenan wau tumônja dhatêng tiyang ingkang têtulung sarta sagêd anjalari sênênging manahipun. Yèn pandamêl tanpa ngalap bêrahan saha botên melik dipun saèni ing tiyang, adhakan pados misuwuring nama utawi nêtêpi kuwajibanipun tiyang gêsang kêdah têtulung, timbang dipun tulungi aluwung têtulung, wasana angsal pangalêmbana. Misuwuring nama tuwin pangalêmbana punika sagêd adamêl kalêganing manah. Lêganing manah makatên inggih atêgês sênêng, tôndha yêktinipun manawi tiyang katandukan panacad tamtu botên rêna utawi gêla.

Dene kawontênan ingkang makatên punika botên tiyang sêpuh botên lare, utawi botên pilih-pilih bôngsa tamtunipun ing manah sami kemawon. Malah yèn tumrap lare, sanajan dipun kèn punapa kemawon anggêr parentahipun kanthi têmbung manis, amasthi tumandangipun, awit têmbung manis wau adamêl sênênging manah. Langkung-langkung manawi lajêng pikantuk pangalêmbana, saya cekat-cèkêt tandangipun.

Nirrasa

Ekonomi

Pêthetan Lombok Pêthak.

Tanêman lombok punika ingkang kêlimrah wontên ing patêgilan utawi ing sabin, manawi tumraping parêdèn tanêman lombok punika, kajawi katanêm mligi lombok, ugi sok kangge sêlang-sêling tênanêman sanès-sanèsipun. Mênggah bôngsa kula Jawi lombok punika sasat sampun kangge umum, malah wontên tiyang ingkang ngantos katagihan lombok, mila lombok punika satunggiling tanêman ingkang kangge kabêtahan umum, môngka lombok punika ungsum-ungsuman, rêrêgènipun ugi minggah mandhap manut ungsumipun. Bakul lombok punika bêjan,

--- 1088 ---

yèn dhong kojur kilak lombok sarupiyah pajêng satêngah rupiyah dipun sukakakên, jalaran upami botên kasukakakên badhe bosok. Manawi dhong bêgja kilak sarupiyah pajêng kalih ringgit, kadospundi ta bakul têka botên mangrêtos minggah mandhaping lombok, jalaran ing kitha kalihan ingkang gadhah uwit botên sami ajêgipun, lombok kalêrês andados utawi têlak. Lombok punika inggih kenging dipun tandho, mênggah panandhonipun lombok punika dipun angge karag, mênggah pandamêlipun karag punika makatên: lombok kêdah kaêdang rumiyin ingkang matêng, manawi sampun matêng lajêng kaêpe ingkang ngantos garing, karag lombok punika pêdhêsipun botên suda, namung raosipun inggih ragi beda sakêdhik.

Kula badhe matur bab tanêman lombok pêthak (lombok gadhing), kangge ing Ngayogya sak sumêrêp kula lombok wau namung kangge pêthetan, katanêm wontên pot utawi pakêbonan, malah kula sumêrêp wontên tiyang ing Patalan (Bantul) piyambakipun gadhah pêthetan wit lombok pêthak kalih uwit, ing ngriku kula takèni sêdyanipun namung kangge pêthetan, sarêng wohing lombok langkung andados, lajêng dipun pêthiki sabên dintên kangge tambal bêtah pawon, kalih uwit kemawon sampun tirah kangge bêtahing kêlan sabên dintênipun, tur warninipun sae kados kanthil pêthak, manawi ingkang andados godhongipun ngantos botên katingal. Sarêng wangsul kula saking ngriku gadhah kêpengin ambibit, sabab kula ngèngêti angsal kalih-kalih wau. Sarèhning kula botên gadhah pot inggih namung kula sukakakên kuwali amoh kemawon, kula jèjèr-jèjèr wontên tritis griya, punika tamtu badhe mikantuki.

Siswamiharja, Pundhong, Ngayogya.

--- 1089 ---

Panglipur Manah

Ayêming manah.

[Mijil]

Duk samana wus anggagat rawi / kang purnama anjlog / umanjing têpi cakrawalane / gumalewang surêm sunarèki / cahyanya ngalêntrih / kadi mangun wuyung //

surêm-surêm alon dènnya manjing / mangu-mangu katon / lir tan tega ninggal rêrênggane / lêlangêning buwana nglam-lami / prêntuling bun enjing / lir rêtna kadulu //

sitarêsmi kêpêksa ngoncati / dinulu tan katon / ginêntosan sang surya wijile / mungup-mungup sapucaking ardi / arsa amadhangi / buwana sawêgung //

wijiling kang bagaskara kèksi / nèng wetan nyrêmomong / sumambirat sumunar sunare / yèn sinawang kadyarsa ngwasani / buwana sakalir / pinrih têluk sujud //

sasadhara duk wau umèksi / ngrumasani asor / rêmyêng kucêm surêm sumunare / wit kasoran prabawaning rawi / tan kêlar nadhahi / gya musna dinulu //

byar kawuryan bastarabaskara. madhangi / buwana sri tinon / datan ana samar-sumamare / pra tumitah wus pating bathithit / arsa anglampahi / karya wajibipun // [/...]

--- 1090 ---

[.../]

anglur sêlur lampahe pra janmi / wênèh mikul brêngkot / pra pawèstri bandheyot gawane / kang ginendhong mêndhoyot ing gigir / isi sruwa-sruwi / mring pasar nêripun //

juru tani sumêkta piranti / nuli padha bodhol / wênèh sikêp garu walukune / wontên malih pacule cinangking / samya maring sabin / lawan têgalipun //

Si Galempo nèthèk kandhang aglis / arsa giring kêbo / gya pinêcut mijil sing kandhange / sigra-sigra Galempo numpaki / ngenak-enak mungging / gigir sarwi mungkur //

ing samargi sinambi ngrêrêpi / sinawung lêlagon / kang pinurih suka wardayane / pan kinarya nylamur tising dhiri / sayêkti nênarik / suka ingkang krungu //

gayêm uyêm nora kaya mami / sapêpadha ingong / esuk-esuk gagat rainane / rêpêt-rêpêt wus nèng têgal sabin / ngadhangi sunaring / surya wijilipun //

karya sêgêr pikolèh wak mami / sarwi ngulur otot / anglêlantih molahkên balunge / dadya gancar lakune kang gêtih / tan ana malangi / lir mina ing kêdhung //

sajêg ingsun tumitah ngaurip / tan nate prihatos / durung wikan di paran rasane / kang ingaran badan angalêntrih / datan ana maning / mung bingah tyas ingsun //

têmah tuwuh sêgêre mratani / lêngêne mêthekol / kuwat kiyêng kaèksi kucinge / kênèng sawabing bun wanci enjing / kang sinêbar ngangin / wor lan sunaripun //

sang baskara kang katêmbèn mijil / padhange sumorot / kênèng angga sumlêngêt rasane / pan baskara datan pilih asih / dènira mandumi / nyêbar sorotipun //

kabèh-kabèh pan ginawe sami / datan pilih uwong / nora kaya manusa watake / kadang konang tur dhêmên pilih sih / kathah watêk drêngki / têbih adilipun //

lamun ngêlak ingsun badhe warih / sing padhas gumrojog / anut gêgêmpalan sumarèwèh / bêning nyarong rêsike kapati / sêgêr maring dhiri / sumyah raosipun //

sakèh ingkang ombèn-ombèn adi / jênèwêr anggur port / arak obat ciu lan brandhine / wiski pait sadaya ngêndêmi / môngsa pilih tandhing / lan sêgêring banyu //

tur yèn banyu datan mawi picis / amung kari ngokop / ombèn-ombèn sing kamirahane / kang sinêbut samurbèng sabumi / datan angêndêmi / iya sira banyu //

mêngko mulih madhang ajang cêthing / nikmate kêraos / jangan lodhèh kang dadi lawuhe / sambêl rawit lalabe kacipir / sêga dikokohi / lodhèhe cinampur //

sêtam-sêtom wah enak kapati / telap-tèlêp dhokoh / tangan karo tumandang ing gawe / yèn wis warêg wêtêngong malênthi / kakiyatan pulih / ayêm manah ulun //

--- 1091 ---

apa manèh ingkang ingsun pikir / lamun sore mêngko / mapan turu anèng lincak age / kêmul ikêt alambaran widhig / mrênah wuri sênthir / tan samar ing unthuk //

têntrêm ayêm rasane tyas mami / tan ngandhut kuwatos / mung kumandêl maring pangrêksane / kinêmulan pangwasaning Widhi / nora dangu nuli / blêg sêg angêlepus //

Kapirangu§ Sarasaning panyôndra ing nginggil / têtêp tata maton / kèwês luwês mêmanas manise / mung pinanggih titike sakêdhik / sok anggrathul jinjit / lir suku kêsandhung // lawan malih yèn rinaras yêkti / sêmuning lêlagon / lageane luwês lir uwite / saupami nyangkok jêruk Bali / yêkti datan malih / taksih raos jêruk // kêkarangan panyandraning ratri / wus kêrêp binodhol / tinanjakkên anèng kana-kene / kêkilapan kang sami mutêri / dene kang mijèni / tiyang purwa santun // nanging ugi anama prayogi / nulad kang wus katon / mrih tuntunan tatèng panggilute / yèn talatèn yêkti mikantuki / wohira ing wuri / winawas apatut // mung kewala minôngka pêpeling / kang mung akon-akon / ywa ngêngkoki kêkêt kadi kake / yèn kêtlêku kakune kêtitik / satêmah andadi / dêdalaning luput // Red.

[Grafik]

Tangsi Prajurit Marine ing Surabaya.

Tangsi punika kangge padununganipun prajurit marine golongan gêgana, manggèn ing sacêlakipun ara-ara Marakrêmbangan, Surabaya.

Waosan Lare

Trêsna ing Wong Tuwa.

IV

Sêtya eling ing wong tuwa.

[Mijil]

uwis suwe Sêtya angladèni / lurahe nèng kono / saya bangêt olèhing êsihe / saka gone bisa nuju ati / lan wêruh ing wajib / cekat-cèkêt rampung //

suwe-suwe Sêtya saya ngrêti / mênyang ing lêlakon / gone ana kono cêkakane / uwis ana sawatara sasi / banjur mak nyut eling / sadulur lan biyung //

sawijining dina ditakoni / ki sudagar alon / lah geneya dene Sêtya kowe / polatanmu sajak ketok sêdhih / apa sing kopikir / kaya-kaya gêtun //

Sêtya alon anggone mangsuli / kula èngêt pun bok / sampun wontên nêm wulan lamine / kula dèrèng nate sagêd tuwi / tuwin èngêt malih /

--- 1092 ---

adhi tunggil biyung //

kang rumiyin kala kula ngili / ing margi kêprêgok / barandhal kang mawi salah gawe / thole lajêng pun rêbat kêdugi / jêlih-jêlih nangis / botên pun paelu //

adhi kula tansah dados pikir / kula wêlas yêktos / mêsakakên ingatasing lare / botên ngrêtos ing bab ngrika-ngriki / dadosipun naming / nama katut alun //

lajêngipun thole kadospundi / tansah dados batos / sarêng biyung makatên namane / tiyang sêpuh umure dumugi / badhea nyingkiri / budinipun cukup //

tuwin malih namanipun ugi / sampun prênah manggon / kula kantun ngraos ing sakite / punapa ta mangke sampun mari / yèn kula padosi / gênah prênahipun //

ki sudagar cumlêkut ing ati / wangsulane alon / hèh ta Sêtya watêkanmu kuwe / ketok bangêt anggonmu nrêsnani / biyung karo adhi / aku milu sukur //

wruhanamu mungguhing wong urip / tumrape wong anom / ora ana kang luwih bêcike / kaya uwong kang nyang biyung asih / pakolèhe kuwi / bisa anênuntun //

eling mênyang biyung luwih bêcik / kang wajib diêmong / môngka walês biyèn rêkasane / wiwit ngandhut nganti sangang sasi / ngrasa panas pêrih / kang tansah ngêlantur //

malah nganti dadi bocah isih / ajêg angrêrontog / anjêjuwing ati wong tuwane / ora nêdya anguwis-uwisi / bok nadyan saiki / rak ngono biyungmu //

awit ora ana mungguh êsih / kang kaya mangkono / kajaba mung sihing biyungmu dhewe /Lebih satu suku kata: kajaba mung sih biyungmu dhewe. ing mulane uwong anom kuwi / têtêpa ngèlingi / nyang trêsnaning biyung //

mêmbêg-mêmbêg Sêtya ketok nangis / malah anggêlolo / saya bangêt kêrasa atine / ki sudagar ambacut nuturi / mangkene saiki / bèn ayêm atimu //

ing bêcike ya mrêlokna tilik / yèn ta isih manggon / lan gawakna apa sênêngane / nadyan ora ketang mung sathithik / yèn bisa nujoni / bungahe rak nutug //

dene ing babe adhimu kuwi / wis êbèn mangkono / ora usah bangêt korasake / apa iya bocah dipatèni / kuwi rak mung saking / tindak grusa-grusu //

mung sajrone kowe anggolèki / èlinga ing mêngko / lagi ana rusuh kaya ngene / aran lagi akèh wong sing lali / kowe aja nganti / duwe tindak luput //

awit mungguh kaslamêtan kuwi / ora liya manggon / ana uwong rahayu budine / dikalisi piala sakalir / wêlingku mung kuwi / slamêta lakumu //

Sêtya ngrasa bungah jroning ati / olèh tutur ngono / nuli tata-tata gêgawane / sauwise pêpak amiranti / umun-umun uwis / mangkat lênthuk-lênthuk //

rêpêt-rêpêt lintange ing langit / isih ketok abyor / nanging mung sing lintang gêdhe-gêdhe / dene kabèh lintang cilik-cilik / wis angslup ing langit / dening padhang kêsuk //

saplêthèking srêngenge madhangi / abange mancorong / Jaka Sêtya karasa atine / wêruh cêtha gumêlaring bumi / prênahe kêtitik / dununge si biyung //

ing atine tansah sênik-sênik / sadhela sumêdhot / kaya arêp nêmu bungah gêdhe / nanging kandhêg kêsundhul prihatin / kabèhe mung manjing / nyang adhi lan biyung //

dhèk samana lakune wis mlipir / pinggir desa ayom / baronganing [ba...]

--- 1093 ---

[...ronganing] pring kêtêl godhonge / ing ngisore ana kalèn cilik / sing banyune bêning / iline kumrucuk //

jêron desa ramene ngluwihi / ora kêndhat dhang-dhong / wong nutoni pari kana-kene / ing kadohan prênah dhuwur mêncit / krungu galik-galik / ana kutut manggung //

Jaka Sêtya uwis ora pangling / lah iya ing kono / ing ênggone biyunge dhèk biyèn / banjur mlêbu nyang desa malipir / têkan nglatar nuli / muni kula nuwun //

dhèk samana ana sing marani / karo atêtakon / durung nganti tutug pitakone / uwong mau banjur jêlih-jêlih / rak Sêtya ta kuwi / dhuh adhuh anakku //

Ranakarya wong sing diiloni / mara karo alok / we la dene uwis jaka kowe / pun ta ngrika yung dika têmoni / ampun pijêr nangis / wong jênêng kêtêmu //

anu thole anggonku golèki / wah wis nganti katog / dene iki malah têka dhewe / wise ngono têlu pisan nuli / padha kumpul linggih / nèng salu akêpung //

Jaka Sêtya sakawit ngandhani / adhine dicolong / ing barandhal nuli sabacute / ngandhakake awake saiki / milu uwong sugih / ketung dadi batur //

ing sakawit êmbokne anangis / karo ngonggo-onggo / nanging banjur mupus piye manèh / Ranakarya banjur ngandhani /Kurang satu suku kata: Ranakarya banjur angandhani. anane saiki / desa têntrêm rukun //

lan biyunge ditêtêpke dadi / têtuwa ing kono / Jaka Sêtya bangêt panrimane / gêgawane banjur dibukaki / mulung karo muni / punika pak srutu //

Rana tômpa lan ngiling-ilingi / iki rak sigago / kêtara ing ules lan grayange / iya thole bangêt trima kasih / iki mêngko bêngi / tak go tômba watuk //

Sêtya alon-alon anguculi / buntêlane ketok / bako enak irêng amêncèrèt / diulungke biyunge tumuli / anjumput sathithik / suwêl digo susur //

sajêrone susur brêbês mili / kaya dirêrontog / dene bocah bisa têmên gawe / bungahing wong tuwa amêthuki / karêmane kuwi / nganti gawe jujul //

ing wusana kabèhe saiki / padha sukur katog / biyunge dikon lêstari bae / ana kono Sêtya kang niliki / têtêpa lêstari / padha runcung-runcung //

Jagading Wanita

Kabêsusan.

Tiyang punika mênggahing warni, manawi jalêr rêmên bagus, manawi èstri rêmên ayu, lan sanadyan botên purun dipun wastani makatên, nanging ing batos ngakêni. Dados saupami kasêmbadana ing jagad punika namung isi tiyang bagus utawi ayu thok.

Nanging sampun têtela bilih wontênipun bagus tuwin ayu punika jalaran saking wontên ingkang awon, tumrap ingkang tinitah warni awon kemawon [kema...]

--- 1094 ---

[...won] ingkang narimah, tur botên tiyang ingkang awon punika lajêng ngicalakên budidayanipun, ingkang tamtu malah dipun tambal-tambal, murih sagêd nyuda awonipun, trêkadhang manawi dados sae sakêdhik kemawon lajêng ngrumaosi brêgas sangêt, punika sampun kinodrat dados wêwatêkaning tiyang, inggih sintên kemawon. Ingkang kangge tôndha saksi, kados botên wontên tiyang gadhah niyat: tak dandan, bèn èlèk ah, kajawi dandosing tiyang ingkang nêdya pados gujêng.

[Grafik]

Mênggahing tiyang jalêr, punika manawi pados bagus, anggènipun dandan kêtingal sangêt, saya nalika jaman dèrèng kados sapunika, kathah kemawon para anèm ingkang rêmên kêrik alis, pidihan anjalirit kantun sasada, pupuran lamat-lamat, bengesan ngantos kaduk abrit, kajawi panganggenipun pilihan sadaya, lampahipun kemawon inggih dipun damêl, ngantos dados mêrak ngigêl, tur sajatosipun malah ribêd, amargi manawi nuju kringêtên, adhuh, namung sarwa pakèwêd, yèn dipun kèndêlakên andalèwèr, badhe ngentirakên pidih. Badhe dipun kêsut bilai. Sagêd-sagêdipun namung dipun tutul ing kacu kanthi mêgêng napas. Dene manawi èstri, sanadyan bêsusa botên kêtawis, namung prakawis lampah punika pancèn kalêbêt limrah, nanging namung manjing wiraga, tumrap ingkang kaduk, lampahipun ngantos alaras: Anjasmara ari mami. Nanging ing jaman sapunika bab lampah kados makatên punika sampun botên wontên.

Anglajêngakên rêmbag bab kabêsusan, awit punika kados botên sagêd ical ing salami-laminipun, sanadyan santuna inggih namung gagragipun kemawon, dene ingkang kacariyosakên ing ngriki bab kabêsusanipun tiyang èstri.

Manawi dipun manah yêktos, bêsus punika malah wajib dipun lampah ing tiyang, awit menggahing kabêsusan makatên malah sagêd adamêl prayogi tumrap trap-trapaning badan, dhatêng sawangan inggih sakeca, beda kalihan tiyang ingkang ekrah-ekroh, punika nêbihakên manah, nanging bêsus punika manawi kaladuk inggih lajêng botên sae, ingkang nama sae punika ingkang cêkapan.

Tumraping sawangan, mênggahing barang sêmbêt, tiyang èstri punika wontên ing tapihan ingkang sae kêdah singsêt aramping, lajêng wontên ing rasukan, punika mapanipun wontên ing badan kêdah ingkang srêg, nanging kêtingal botên ambêthêthêt. Kajawi punika utaminipun kêdah sagêd mathukakên thuk-thukaning warni tuwin coraking sinjang rasukanipun, punika [pu...]

--- 1095 ---

[...nika] gumantung dhatêng panglaras kaparêngipun piyambak-piyambak. Manawi kalêrêsan, muyêking wêwarnèn ingkang kasarira, tamtu adamêl lam-laming manah. Têgêsipun beda kalihan tiyang ingkang botên sagêd ngêtrapakên, upaminipun sinjang latar pêthak unthêr babaran enggal ingkang kaduk jêne, dipun ênggèni rasukan jêne, tamtu kemawon lajêng angèmpêri pêksi podhang. Sanadyan botên damêl ewaning tiyang, nanging ingkang ningali kêpêksa nyuda kêdhèp dening kamitênggêngên.

Sapunika ing bab pangangge mas intên, punika manawi sagêd botên prêlu ngrempyang, kados sae namung sacêkapipun, nanging manawi wontên ingkang sarwa ngêgètakên, utawi ingkang damêl sêngsêm, awit botên dumèh mas intên, manawi kêkathahên malah damêl cêblèh.

Wusana ing bab pangupakaraning badan, kados ta tasikan sapanunggilanipun, punika inggih prayogi ingkang namung lêlamatan, ucapipun kemawon wontên, kados ta panyandraning tiyang dhatêng rai pinupuran: tasikanipun lêlamatan, namung kados mega rumamyang angaling-aling rêmbulan agêng, pêtêngipun malah sumamar adamêl cêthaning wadana. Dados kajêngipun tasik lêlamatan punika malah sae, saenipun wau jalaran saking mrasajakakên dhatêng wujudipun ingkang saèstu, botên kok pupuripun malah nyamarakên warninipun ingkang sayêktos. Sanadyan tumrap pakulitan cêmêng makatên ugi, awit tumrap tiyang pakulitan cêmêng, manawi anggènipun tasikan kêkandêlên, mangke lunturipun lajêng dados pating blêntong, sampun tamtu kemawon botên anèh saupami tiyang sanès mastani manawi kulitipun kêtingal kados bathok jamurên.

Mênggah kamajênganing jaman, sapunika ing Amsêtêrdham wontên sawênèhing pirmah ingkang sagêd andandosi warnining tiyang èstri murih sagêd ayu, sarana patrap amangun praean dipun lèlèti lêmpung lumêr, wosipun bangsaning pupur. Tiyang èstri ingkang nêdya malihakên warni lajêng dipun upakara, kados ing gambar.

Bab andadosi, tumrap bôngsa Jawi inggih sampun wontên, nanging namung tumrap pangantèn, ewadene juru andandosi punika ugi pancèn tiyang sagêd dandan, dados saupami purun andandosi tiyang barès-baresan, inggih sagêd ngindhakakên warni yêktos.

Dene mênggah ingkang nama ayu tumrap tiyang èstri, punika mathukipun kêdah ingkang pancèn gadhah dhêdhasar ayu, pocapanipun wontên, Rêtna Banuwati, punika ruwèk-ruwèk kalung sêmêkan, ambombrong inggih ayu kemawon. Dados mênggah ingkang ayu sayêktos, punika dandan, tilêm, tangi tilêm inggih botên malih ayunipun, mila pantês manawi tiyang ayu punika dados pasihaning Allah.

--- 1096 ---

Rêmbagipun Sêmar, Garèng lan Petruk

Bab Wêwatêkaning Satriya.

IV

Petruk : Ho, hah, hêm, andèkne ora, kang Garèng, kang Garèng, nèk wis ngunèni uwong kuwi le sagêlême dhewe bae. Dumèh panêmuku kliru sathithik, diunèkake salah wèsêl, dene panêmune dhewe kok ora ngêmungake salah wèsêl thok, malah jêbul dika ngalor kula ngidul mêngkono, têka ora beda karo panêmune bangsaning propsor.

Sêmar : Lho, lho, lho, omong kok banjur sak-sok kaya dudu karêpe dhewe ngono. Apa kowe ora ngrêti, he, pangkat propesor kuwi rak pangkate êmbahing guru, yaiku guru kang diwajibake mulang ing pamulangan luhur, dadi bangsaning sarjana kang wus unggul bangêt kawruhe, masa iya têka dipadhakake kayadene panêmune Garèng sing kaliru mau.

[Grafik]

Petruk : Lho Ma, wong tuwa kuwi kudu sing akèh sêbute, aja kok banjur tansah amburu marang hawa nêpsune bae. Durung-durung kok wis pêcuca-pêcucu kaya wong kelangan simpênane êndhas gêrèh. Aku mau rak ora matur propesor, sing dak aturake rak propsor, mungguh karêpe: yèn prope wis dicopot, isine banjur diilingake ing gêlas: sor, yaiku gathuke karo wong kang karêm bir, anggone: cêpat-cêpot ora lèrèn-lèrèn ambukaki proping gêndul bir, banjur: sar-sor, diilingake ing gêlase, kang wusanane bire mau nganti munggah ing sirahe. Amara, wong sing kaya mangkono kuwi apa iya bisa bêning pikirane, rak iya ora beda ta karo pikirane si Garèng kae.

Garèng : Kurang ajar, ana wong kathik dipadhakake karo tukang mabuk. Wis, wis, Ma, ora prêlu dimirêngake omongane Petruk kuwi, mundhak agawe untabing krumane borok bae. Luwih bêcik nuli ngandikakna mungguh wêwatêkaning satriya kang ôngka papat.

Sêmar : Iya thole, mungguh wêwatêkaning satriya ôngka papat kuwi: kudu bisa nunggang jaran.

Petruk : Wah, la nèk kapintêranaku ing bab kiyi wis jênêng ngêtog tênan, malah durung suwe kiyi, aku mêntas dipitongtonake ing ngarêpaning wong akèh mungguhing kapintêranaku nunggang jaran: kala samono jarane banjur dak sirigake, dak jojrogake, dak têgarake, kathik nganggo ditabuhi mangkene: mung, nong, mung, dhêt, dhêt, mung nong, mung, jur. Mung ...

--- 1097 ---

Garèng : We, la, saya kasambêt si Petruk kiyi, la kuwi rak lagu tumraping wong nunggang jaran kepang. Ana calathu kok anggêr mêtu bae. Ora, Ma, nèk mangkono, kapintêraning blantik kuwi, iya kalêbu salah sawijining wêwatêkaning satriya. Jalaran kaya-kaya sabên balantik, nunggange jaran iya pancèn patohan têmênan.

Sêmar : Lho, kuwi seje rêmbug thole, mula iya nyata yèn balantik kuwi kudu pintêr nunggang jaran, awik kapintêrane mau mula kanggo sangu panguripane. Ananging sanyatane ora mangkono mungguh karêpe, kudu pintêr nunggang jaran kuwi, ora kok atêgês pintêr anggone nunggang jaran. Ananging: ngibarat wong kang lêpas ing budi.

Petruk : Wah, la kiyi kalêbu wêwatêkanaku wiwit cilik mula, nganti tumêkaning saiki ya mêksa isih dak anggo bae, ya kuwi yèn aku kabênêr lagi ngabotohan, saking lêpasing budiku, lagi têlu utawa patang kasutan bae, aku sanalika iya banjur ngrêti apa kang dadi cêkêlane musuhku.

Garèng : Iya mêsthi bae, wong krêtune wis kok têngêri kabèh.

Sêmar : Wis, wis, aja padha pathênthêngan, tak kandhani: mungguh sanyatane lêpasing budi, kaya kang wus ditêrangake dening Petruk mau, kuwi iya ana bênêre, ananging tumraping wong ngabotohan, laku kang mangkono kuwi mungguhing wong urip aran nistha bangêt, ora beda karo wong nyolong, ngutil lan sapadhane. Lan ing kono rak banjur cêtha wela-wela, yèn maine mau ora kanggo kaplêsiran, ananging kanggo golèk panggaotan kang sarana laku cidra wong kang mangkono tingkahe kuwi, wis mêsthine kudu disitah saka ing pasamuan. Mungguh lêpasing budi kaya sing dak karêpake kuwi têgêse mangkene: lêpas = adoh, budi = pikiran sing wis luwih jêro. Dadi karêpe: pikiran kang wus buntas. Upamane para pandhita, kuwi sing akèh wis wêruh sadurunge winarah, jalaran saka lêpasing budine, babèh ruwêt rêntênging lêlakon prasasat wus kasumurupan bakal kadadeane.

Garèng : Wadhuh, la sapa bae sing kuwat anglakoni kaya mêngkono kuwi.

Petruk : Anggêre gêlêm nyukupi isarate, mêsthi bisa bae, kang kapisan kudu nganakake slamêtan rupa: sêga golong, pêcêl pitik jangan mênir, jênang abang putih, jajan pasar lan sapiturute, kanthi disaranani donga mangkene: sun watak ajiku si Sêmar kuning, kang gilang-gilang ana ing têngahing rêmbulan, amadhangi jagad kabèh, sapa kang wêruh rupaku, têka wêlas têka asih, kasoran dening prêbawaku, amin, amin. Kajaba kuwi, lakune:mutih têlung dina, mêlèk têlung dina, ora ambêkan iya têlung dina, o ...

Sêmar : Wiyah, apa niyat dikon ngêlalu. Wis, wis samene dhisik, besuk manèh padha dibanjurake anggone padha rêrêmbugan.

--- 1098 ---

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking sêrat kabar sanès.

Ingkang angsal ganjaran arta bab bathikan ingkang dipun pitongtonakên wontên ing pêkên taunan Ngayogya. Perangan I. Bathikan pradan, Radèn Ayu Prawata ing Magêlang, ganjaran ôngka 2, kathahing ganjaran f 150.-. Ôngka 3, R.H. Soleman f 125.-. Ôngka 4 Kangjêng Ratu Côndra Kirana, f 100.-. Perangan II. Bathikan tangan. Ôngka 3 Radèn Ngantèn Sastradiharja ing Batang, f 100.-. Ôngka 4 Radèn Ayu Sasrasugônda ing Klathèn f 75.-. Ôngka 5 Radèn Ngantèn Arjasukatma ing Wanagiri, f 60.-. Ôngka 6 Bok Bèi Parikrangkungan ing Surakarta, f 50.-. Perangan III. Cap-capan alus, ôngka 4 Nyonyah Tecin Siyang, Ngayogya f 50.-. Perangan IV. Cap-capan kasar botên wontên ingkang angsal ganjaran.

Ing Ngayogya badhe wontên pangêcapan ingkang dipun adani dening golongan kabangsan, asli tumbasan saking Surakarta, sarta sampun anggadhahi lêngganan ngêcap sêrat kabar têtiga.

Pambantu Kajawèn ing Borneo, martosakên bilih wontên bôngsa Dhayak 16 ing Kapuas ingkang sami agami Tidhên kalêbêt agami Islam saha lajêng sami santun nama Islam.

Rad pan yustisi ing Surabaya mêntas mriksa prakawisipun Scipio onpangêr ing Bangkalan, prakawis salingkuh arta f 121.000.-. Pasakitan angakêni kalêpatanipun, arta têlas kangge kasukan, sapunika sampun botên wontên arta ingkang dipun umpêtakên malih. Pasakitan kaukum 5 taun nanging nyuwun sudan.

Ing Pordhêkok mêntas karaos wontên lindhu ragi sêru, nanging wilujêng botên adamêl karisakan.

Wiwit tanggal 26 Mèi dumugi 16 Juni, wontênipun têtiyang ingkang katrajang sêsakit pès ing sa-Indhonesiah sadaya wontên 150.

Pakaryan pagadhean gupêrmèn badhe mêwahi griya pagadhean malih tumraping Bali lan Lombok, inggih punika ing Nagara, Klungkung, Karangasêm tuwin Ampênan, kintên-kintên wontên ing wulan Sèptèmbêr, dados ing Bali lan Lombok badhe wontên griya pagadhean ênêm iji, kalêbêt Dhènpasar tuwin Singaraja.

Pakaryan kasarasan nêtêpakên dhoktêr Suwarna manggèn ing Kadhiri, prêlu nindakakên panyêgah sêsakit pathèk. Ingkang badhe dipun tindakakên wiwit saking Nganjuk langkung Kêrtasana dumugi Kêdhiri. Dumugi sapunika tiyang ingkang dipun suntik sampun wontên 700, tumrap tiyang ingkang botên gadhah, kaparêngakên lêlahanan.

S.S. mituruti panuwunipun tiyang ing Bogor, ngawontênakên sêpur sênèl ingkang pangkat saking Bogor jam 2.35, dumugi Manggarai jam 3.15 lan dumugi Wèltêprèdhên jam 3.35 lan ing antawising Manggarai kalihan Wèltêprèdhên mandhêg sabên halte.

Pawartos saking Rêdhaksi.

Tuwan Atmandha, ing Surakarta. Lêrês, Kajawèn suka lêlintu arta dhatêng tiyang ingkang ngladosakên gambar ingkang sampun kapacak, nanging kathah-kathahipun f 2.50, lan malih gambar ingkang katampèn punika gambar ingkang prêlu saha ingkang migunani ing ngakathah.

Lêngganan nomêr 651 ing Surakarta. Ingkang angsal lêlintu waragad namung gambar ingkang katampèn, dene bab karangan botên.

Lêngganan nomêr 470 ing Surakarta. Bab Bintang Indhia botên têrang pundi ingkang sade. Dene pamrayogi panjênêngan bab gambar rawuh Dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana wontên ing Surakarta, saupami wontên ingkang dipun êwrat malih nama sampun kasèp.

Pawartos saking Administrasi.

Lêngganan nomêr:1499 ing Majagêndhil (Baron). Pos wisêl ingkang kakintun kaping 21/7-28 sampun katampi. Duplikat lêbaran nomêr saha nomêr 49 kula kintun kaping 28/7-28.

Lêngganan nomêr: 2061 ing Dêmak, pos wisêl f 1.50 tumrap kwartal 3, sampun kula tampi, matur nuwun.

Lêngganan nomêr: 2115 ing Kêdhung Penjalin, pos wisêl f 1.50 tumrap kwartal 3, sampun kula tampi, matur nuwun.

Lêngganan nomêr: 371 ing Kalibakung. Pos wisêl f 3 sampun kula tampi. f 1.50 tumrap kwartal 4 taun punika, ingkang f 1.50 kwartalal 1 taun 1929.

Lêngganan nomêr: 1784 ing Adipurna, pos wisêl f 3 tumrap Kajawèn sampun katampi. Rèhning bayaran taun 1928 punika sampun lunas dados f 3 wau kalêbêt dhatêng pambayaran taun 1929.

Lêngganan nomêr: 649 ing Klojènlêdhok, pos wisêl f 3 tumrap Kajawèn sampun katampi. Rèhning bayaran taun 1928 punika sampun lunas, dados f 3 wau kalêbêt dhatêng pambayaran taun 1929.

--- 1099 ---

Wêwaosan

Sêsupe Agêmipun Rajaputri ing Seba.

59

XIX. Pêjah kalirên.

Dhawuh pangandikanipun sang putri: Japhet, diyan-diyan kuwi sumêtên manèh, sabab ing kene pêtêng bangêt.

Japhet umatur: Dhuh sang pugri , sakalangkung anggèn kula kapengin angèstokakên dhawuh panjênêngan, ananging lisahipun têlas.

Lêt satêngah jam malih, dilah ingkang nomêr kalih pêjah, ing salêbêting padhang rêmêng-rêmêng wau, kula lajêng sadhiya punapa-punapa manawi mangke pêtêng babarpisan, wadhah toya sawatawis kacêpakakên wontên sacêlak kula sadaya, makatên ugi tirah-tirahan obat, punapa malih anjèrèngi kêmul-kêmul bêktan kula sadaya wontên ing siti, prêlunipun nêtêpi kapitadosan kula kanthi saèstu kangge papan pêjah kula sadaya. Salêbêtipun kula nindakakên makatên wau, Japhet dhatêng ing ngriku, ujug-ujug kula sumêrêp rainipun Japhet pandirangan, kadosdene dhêmit ingkang muncul saking kuburan. Dilah kula pêjah. Makatên pangangluhipun Japhet. Nalika kula jagi wontên sacêlaking trowongan, urubing dilah wau sampun wiwit suda, lan ing samangke sampun pêjah babarpisan.

Orme awicantên: O, kowe anèng kono. Apa ana kabar apa-apa?

Japhet amangsuli: botên wontên punapa-punapa bandara, cêkakipun botên wontên kabar kathah. Kala wau kula ngangkat prongkalan curi wontên sangajênging lompongan gang, ing ngriku lajêng wontên soroting pêpadhang angèngingi rai kula, soroting pêpadhang ingkang pantês pinuji, kula lajêng nginjên sêla-sêlaning tembok, ananging botên wontên ingkang katingal kajawi umpuk-umpukan barang ingkang kobong utawi kukus saking ênêring ngriku kula mirêng swara rêrêmbagan, ingkang nyariyosakên bilih saupami têtiyang buda utawi sang putri punika tiwasa, tamtunipun sagêd pinanggih balung-balungipun, ingkang têtiyang wau sagêd angyêktosi. Swara sanèsipun amangsuli: bilih têtiyang buda tuwin sang putri wau sami umpêtan, lan piyambakipun angajêng-ajêng supados têtiyang wau sagêda pinanggih, prêlunipun kadosdene punapa mêsthinipun, sagêd pinêjahan kanthi alon-alon jalaran têtiyang wau purun nginggatakên sang putri, lan sampun amêjahi têtiyang Abati pintên-pintên. Kula kuwatos manawi têtiyang ingkang rêrêmbagan wau sumêrêp dhatêng kula saha lajêng mêjahi dhatêng kula, amila kula lajêng enggal-enggal brangkangan wangsul malih.

Sasampunipun matur makatên ujug-ujug Japhet lajêng ngrungkêbi sampeyanipun sang putri saha munjuk makatên: Dhuh gusti pêpundhèn kula, panjênêngan mastani bilih kula punika kêndêl, ananging sajatosipun kêkêndêlan kula punika namung wontên ing papan padhang, wontên ing papan pêtêng punika, ingkang dhêmitipun sami pating kluyur, kula sajatosipun tiyang ingkang jirih. Dhuh, gusti, môngga sami bidhal dhatêng papan padhang, môngga sami pasrah jiwa raga kemawon dhatêng sang pangeran, bokmanawi sang pangeran karsa anggêsangi ing panjênêngan, dene manawi kula sadaya kêpêksa pêjah, sagêda pêjah wontên ing pêpadhang.

Ananging sang putri gèdhèg-gèdhèg, salajêngipun Japhet matur dhatêng Orme makatên: Dhuh, bandara, punapa panjênêngan badhe damêl tiwasipun sang putri, punapa panjênêngan badhe ngrisakakên katrêsnanipun sang putri piyambak dhatêng panjênêngan. Panjênêngan kula aturi ngirid mêdal sang putri, manawi panjênênganipun sang putri tamtunipun rak botên dipun punapak-punapakakên, punapa karsa panjênêngan supados sang putri seda sangsara wontên ing ngriki.

Dhuh, sang putri, panjênêngan rak mirêng aturipun tiyang punika. Makatên aturipun Orme kanthi rêkaos wêdaling têtêmbunganipun. Aturipun Japhet wau wontên lêrêsipun tumrapipun kula sadaya, sajatosipun pêjah wontên ing pundi, tumrapipun kula sami kemawon punapa pêjahipun wontên ing panguwasanipun tiyang Abati utawi pêjah jalaran kêkirangan tuwin kalirên. Bokmanawi kemawon aluwung pêjah wontên ing panguwasanipun tiyang Abati. Dene panjênêngan sang putri, mêsthi botên dipun punapak-punapakakên, punapa panjênêngan karsa tindak, sang putri.

Dhawuh pangandikanipun sang putri kanthi panggalih gragapan: O, botên, botên, tamtunipun badhe wontên ingkang ngêmèk badan kula, inggih punika Pangeran Josua, kula aluwung pêjah rêkaos sangêt, tinimbang dipun êmèk Pangeran Josua, môngga sami ngêntosi dhawahing takdir kemawon, jalaran kados ingkang sampun kula cariyosakên ing ngajêng, tamtu lajêng badhe wontên kori ingkang kawêngakakên kangge kula sadaya, ingkang sapunika dèrèng katingal, dene manawi sasmita kula wau cidra, o, mitra kula Orme, wontên kori sanèsipun malih ingkang kenging dipun lêbêti, ing sawingkingipun kori punika salaminipun têntrêm, tiyang punika mugi kadhawuhana kesah saking ngriki saha sampun ngrêridhu dhatêng kula malih.

Dilah ingkang pungkasan wiwit badhe pêjah, kaping kalih urupipun kêdhêr rêpêt-rêpêt, saha ngatingalakên rai kula sadaya ingkang pucêt tuwin kêlungsur, [kê...]

--- 1100 ---

[...lungsur,] kula têtiyang nêm linggih kêmpal kadosdene bangke ing kuburan.

Salajêngipun dilahipun pêjah babarpisan, sasampunipun punika, pintên dangunipun anggèn kula wontên ing growongan sangandhaping siti wau, langkung saking tigang dintên tigang dalu, nanging lêrêsipun kula botên sagêd mastani, kala punika kula sadaya sampun botên sumêrêp malih dhatêng wontêning wanci, anggèn kula sadaya kaluwèn langkung saking mêsthinipun, kaluwènipun wau lajêng dipun salamur kaombenan toya, nanging botên wontên damêlipun. Ingkang langkung damêl rêkaos, punika dene kula sadaya taksih gadhah bêskuwit sakêdhik, nanging bêskuwit wau tansah karimat kangge anjagi kasugênganipun sang putri, sabên-sabên bêskuwit wau kaaturakên sang putri, dene kula sadaya angrikiti cuwilan kajêng, prêlunipun supados sang putri sampun ngantos uninga, bilih kula sadaya punika botên wontên ingkang dipun têdha babarpisan.

Anggèn kula sadaya nindakakên makatên punika, kuwawi ngantos kawandasa wolu jam, ananging Japhet ingkang lajêng munjuk ing sang putri, ingkang anjalari sang putri botên karsa dhahar punapa-punapa malih. Kala punika bêskuwitipun kantun satunggal iji, lajêng kaaturakên ing sang putri, bêskuwit wau inggih katampenan, nanging lajêng kaparingakên dhatêng Japhet, ingkang lajêng dipun êmplok kados pangêmploking sagawon.

Botên watawis dangu, kula sadaya kecalan Japhet, cêkakipun kula sadaya botên ngraosakên manawi piyambakipun wontên ing ngriku, lan dipun undang botên wontên wangsulanipun. Jalaran saking punika kula sadaya lajêng gadhah gagasan, bilih piyambakipun punika pancèn kesah brangkangan dhatêng panggenan sanès, prêlu sumêdya pêjah. Sarèhning kala punika kula sadaya nandhang sangsara sangêt, mila botên ngraosakên malih dhatêng kawontênanipun Japhet.

Kula kèngêtan, bilih sadèrèngipun kula sadaya anglês têrus, wontên lêlampahan anèh ingkang dhumawah ing kula sadaya, kadosdene tiyang lês ingkang badhe dumugi ing pêjah punika sakêclapan sok anggadhahi pikiran ingkang bêning. Kula sadaya lajêng sami bingar saha sami miwiti rêrêmbagan. Roderick nyariyosakên gêsangipun nalika dipun tahan ing têtiyang Fung, saha sarana swaranipun ingkang galik-galik lajêng têtêmbangan cara Arab kalih warni. Olivier kalihan sang putri sami rêrêmbagan saha gumujêng sêsarêngan, kintên kula Olivier nyobi mulang cara Inggris dhatêng sang putri.

Ingkang kula sumêrêpi wontên ing pungkasaning urubipun rèk ingkang kula sumêt kantun piyambak, punika makatên: sang putri lênggah wontên ing sacêlakipun Olivier, tanganipun Olivier ngrangkul bangkèkanipun sang putri, mastakanipun sang putri sumêlèh ing pundhakipun Orme, rikmanipun wudhar nutupi sarira, tingalipun ingkang blalak-blalak kangge nyawang rainipun Orme ingkang kados jrangkong. Ing sisihipun anak kula jalêr ngadêg sèndhèn ing tembok, dene sawingkinging anak kula Higgs, ingkang kêtingal kados ayang-ayangan, nyobi kanthi rêkaos sangêt, nyathêti potlotan kemawon.

Kula lajêng kraos manawi tanganipun Roderick nyikêp dhatêng kula.

Salajêngipun sadaya ingkang wontên ngajêng kula punika kados mubêng, lan ubêngipun lajêng kemawon kados wontên ing mêsin ingkang agêng lan wiyar. Sasampunipun lajêng karaos mandhap-mandhap ngantos kados kêjlungup mandhap wontên ing papan ingkang pêtêng sangêt. Ingkang punika kula ngrumaosi, bilih kados makatên punika raosing pêjah.

Sarêng kula èngêt malih, kula wontên salêbêting kamar ingkang dèrèng nate kula sumêrêpi, kula gumlethak wontên ing patilêman lan jalaran saking padhanging srêngenge ingkang mêntas malêthèk, ingkang sumorot wontên ing jandhela kaca, kula sumêrêp kônca kula têtiga, inggih punika anak kula, Orme tuwin Higgs, tiga pisan inggih sami gumlethak wontên ing patilêman, nanging taksih sami tilêm.

Rencang Abati sami lumêbêt ambêkta têtêdhan awarni bangsaning sop mawi daging, têtiyang wau lajêng nyukani sopipun sawatawis dipun wadhahi ing kuwung kajêng, ingkang lajêng kula têdha kanthi gas-gasan sangêt, salajêngipun inggih lajêng anggugahi kônca-kônca sanès, sadaya inggih sami nêdha gas-gasan sangêt, sasampunipun nêdha wau lajêng sami tilêm, makatên ugi kula, saha sami mêmuji sukur ing Pangeran dene kula sadaya pinaringan gêsang.

Sabên kalih jam sapisan, kula sumêrêp têtiyang wau sami lumêbêt ambêkta kuwung pintên-pintên isi sop lan bubur kêbak, ngantos kula èngêt malih babarpisan saha sumêrêp Higgs inggih wontên papan patilêman ajêng-ajêngan kalihan kula. Higgs ningali kula tanpa kêdhèp saha pitakèn makatên: He, Adams, aku kabèh iki apa pancèn isih urip, apa ana jaman pêtêng.

Kula amangsuli: Yèn ana jaman pêtêng, ora, awit iki kok ana wong-wonge Abati.

Bênêr. Makatên cariyosipun Higgs. Yèn wong-wong Abati lunga mênyang ngêndi-êndi, lungane mau mêsthi mênyang naraka, kang ora ana temboke putih, lan paturon kang pasagi-pasagi kaya mangkene iki. He, Olivier ayo tangi, aku kabèh saiki wis luwar saka growongan sangisoring lêmah.

Orme lajêng tangi saha nyawang dhatêng kula kêkalih.

Sang putri ana ing ngêndi. Makatên pitakenipun Orme dhatêng kula kêkalih. Pitakenan ingkang makatên wau, kula kêkalih botên sagêd mangsuli. Ananging ujug-ujug Roderick lajêng tangi saha wicantên makatên:

Kula kèngêtan sakêdhik-sakêdhik, têtiyang Abati ngangkati kula sadaya saking growongan sangandhaping siti wau, Japhet kêtingal wontên ing ngriku, dene sang putri dipun angkat têtiyang Abati dhatêng sanès purug, inggih makatên punika ingkang kula sumêrêpi.

(Badhe kasambêtan).

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 62, 16 Sapar Taun Alip 1859, 4 Agustus 1928, Taun III.

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1101] ---

Ôngka 62, 16 Sapar Taun Alip 1859, 4 Agustus 1928, Taun III.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Surabaya.

[Grafik]

Ing Kajawèn nomêr 61 ngêwrat gambaripun kitha Surabaya. Ing nginggil punika ugi gambar kitha Surabaya malih, nanging ingkang saperangan, saha sarwa enggal.

--- 1102 ---

Raos Jawi

Gurisa mawi Urut Dêntawyanjana, Lêkasanipun Pada Lingsa, Ha-nipun Miring, Pungkasanipun Pada Lingsa, Ha-nipun Jêjêg, Sapiturutipun Makatên Ngantos Dumugi Nga.

1. Amiwiti aksara ha / ananira urip wruha / aywa amung ina mlaha / apan angèl eling saha / arêp aja taha-taha / angur apik tinêmaha / ati alus dèn anggoa / atul amot ing nugraha //

2. namanira aksara na / namatna mring uwong kuna / naracak kèh kang sampurna / nênangia dohna lena / nasar iku nora kêna / namung kêdah wus pramana / nalar mêsthi klakon pana / nanging ingkang wruh wusana //

3. cathêtane aksara ca / cacah akèh kang winêca / caranira mrih sakeca / calak dohna ywa maleca / cacad yèn lir nênging rêca / carukane kang têrwaca / carêm kadya ngilo kaca / cakrak wêruh mring kang murca //

4. raras ramya aksara ra / racak samya nora dora / rakêtên kang tan katara / rasakna lan kira-kira / rapale ywa mung nglêmpara / racutên mrih padha mara / rasanira trus sarira / rasul rasa wus katara //

5. kajuwara aksara ka / kabêgjane nuli nungka / kaslamêtan gung jinôngka / kaluwihan wus kaloka / kêkarêpan nora murka / katarik doh mring sumêngka / kaanan kang mulya têka / katarima banjur têka //

6. dadya mangke aksara da / dadakan lanèng rubeda / dangu-dangu sêpên arda / darajade gêng tan suda / dadarane aja mada / dalan anggung mung waspada / dadinira wus bineda / damêl sae mrih widada //

7. tatalêse aksara ta / tatas-titis kita nyata / tabêri ing bêcik sarta / tatarane wêruh tata / têtampikan watak buta / tatag-têtêg tapa brata / têtali tyas ambêg marta / tamatna trang tlênging mata //

8. sapunika aksara sa / sadaya mung ywa kasêsa / sawiji wus tunggal môngsa / sarana wor wruh ing rasa / salawase samya krêsa / sayêkti sing darbe karsa / salugune sarèh mirsa / sajati ingkang kawasa //

9. wawarahe aksa wa /Kurang satu suku kata: Wawarahe aksara wa. watakira uwong Jawa / wadi wuruking pra tuwa / wêwalêran aja ngiwa / wani bênêr nora cuwa / waras-wiris tur kawawa / wahanane wruh ing tawa / wasana kang sarwi sarwa //

10. lagya iki aksara la / lamun pêrlu kudu lila / labuhana aja gêla / lawas wuruk kala-kala / laku lakar mrih malela / larasên ingkang mêntala / labêtira amung mula / lalis aywa nganti ala //

11. patut mapan aksara pa / panutan wong Jawa tapa / patrap ala kipa-kipa / panêmu kang uwis têpa / padhanging tyas uning apa / pasêksèn kèh lir sanepa / parane wruh rupa-rupa / patitis pan saka sapa //

--- 1103 ---

12. dhadhapukan aksara dha / dhangan nora bisa padha / dharakalan kèh kang madha / dhapurira ijèh mudha / dhadhag-dhadhug wis dhinadha / dhamang tur tan tidha-tidha / dhasar wasis olah kridha / dhadhal padha kang anggodha //

13. jajah jêro aksara ja / jamake wong jaman praja / jaragan jro tyas sinêja / japanira puji-puja / jablas bêcik dèn sêngaja / jatine kang bisa rêja / jalukane mrih raharja / jajalên ingkang prasaja //

14. yakin iya aksara ya / yatin gayuh mrih sadaya / yatun melik angupaya / yae saka kraya-raya / yakun payakun tan liya / ya rasulollah kang daya / Yasin surat daya-daya / yasan iki ywa sulaya //

15. nyamarake aksara nya / nyawang alus marang sonya / nyatakna ywa nganti onya / nyathêt entuk gêng kawruhnya / nyadhang kabèh anyar ênya / nyamlêngira anèng donya / nyatitèkna ingkang munya / nyamati mring uwong kênya //

16. mapan mathuk aksara ma / manah manuh mrih katrima / manawa gung palimarma / manut bisa koma-koma / marêm dipun dama-dama / marang ala tan tumama / malah asih ing sasama / maedahi mung sadêrma //

17. gathuk gamblang aksara ga / gagasan ywa gawe ringga / garisira trus tinêngga / gadhangan mung kang prayoga / gamane gêng duga-duga / gananing tyas gung sumôngga / gawat kliwat tlênging marga / gêgayuhan ing suwarga /

18. baku barès aksara ba / babarane wong kang blaba / batin cêtha wèh rêruba / bakalira ywa kagrêba / bêbasan tan kêna coba / bathi barkah kang sinuba / baut entuk sih tumiba / bablas bathon mring Kang Murba //

19. tharikane aksa tha /Kurang satu suku kata: tharikane aksara tha. tharik-tharik lir nèng motha / tharithikan ywa wong kutha / tharuthukan sring wikatha / tharêthêkan sok lêkatha / tharathakan moh wis cêtha / thathithilan entuk pêtha / thathukulan kang waskitha //

20. ngatas tamat aksara nga / ngaku ngakon aja ringa / ngalah ngadoh ngadad lunga / ngarani mrih nganggo donga / nganani ingkang uninga / ngati-ati ywa tumênga / ngalami wus bisa mênga / ngamal ingong jinurunga //

Pun Gurisa

Kawruh Sawatawis

Ngajêngakên Dagangan lan Panggaotan (advertentie sarta reclame).

Sagêdipun tiyang angsal pangupajiwa punika warni-warni sangêt, wontên ingkang dados bau suku, dagang, têtanèn, kriya lan ngêdêgakên panggaotan warni-warni. Murih sagêd kacêkap gêsangipun, wajibipun namung tansah ngudi kadospundi sagêdipun majêng, margi kamajêngan wau uwohipun badhe ngindhakakên kathahing pamêdal utawi kauntungan. Sintên ingkang ngajêng-ajêng dhatêng mindhaking pamêdal, môngka kasêpênan [kasê...]

--- 1104 ---

[...pênan] ing pangudi, bêbasanipun ngêntosi kambanging sela itêm.

Wontênipun panggaotan sudagaran, punika nyawisi kabêtahanipun tiyang kathah, manawi namung nyêpaki bêtahipun tiyang satunggal kalih, tamtu botên sapintêna bêbathènipun. Manawi daganganipun sarta panggaotanipun kasumêrêpan ing ngakathah, inggih kathah ingkang numbasi utawi ingkang lajêng sami dados lênggananipun. Andhap-andhaping rêrêgèn sarta saening barang botên sapintêna dayaning kamajênganipun, manawi botên kasumêrêpan sumrambahipun dhatêng ngakathah. Mirid punika, para sudagar lan ingkang angadêgakên panggaotan, prêlu sangêt kêdah tansah pados rekadaya, murih daganganipun sagêd kasumêrêpan lumêbêt dhatêng kalanganing umum. Manawi kathah ingkang sumêrêp sarta kulina dhatêng daganganipun, sagêd kathah lêlayananipun ingkang anjalari dados lan larisipun, inggih larising daganganipun punika ingkang damêl kamajênganipun.

[Grafik]

Makatên caranipun Bale Pustaka adamêl reklame.

Sarananipun sagêd kasumêrêpan ing ngakathah punika warni-warni sangêt, inggih punika sarana nawèkakên, idêr, andhasarakên lan sapanunggilanipun. Nanging tumrapipun sudagaran agêng sarta panggaotan agêng, botên cêkap manawi namung mawi reka makatên kemawon, sabab cara ingkang makatên wau namung sagêd katindakakên ing sakukubaning wêwêngkon ngriku kemawon, nglanjakipun dhatêng sanès panggenan dèrèng ragêd nyêkapi. Môngka ingkang nama panggaotan agêng, lêlayananipun tarkadhang kalihan sanès nagari, sanès pulo utawi nglanjak dhatêng tanah mônca punapa. Sagêdipun jêmbar jajahanipun, mratah dhatêng sanès-sanès nagari, sarananipun botên sanès kajawi mawi macak wara-wara (advertentie) lan reka sanèsipun ingkang nunggil laras.

Wara-wara punika tawi dagangan, dêdamêlan sarta panggaotan sanèsipun ingkang kapacak wontên ing sêrat kabar. Manawi nglêbêtakên wara-wara dhatêng sêrat kabar punika mawi wragad, kathah sakêdhikipun gumantung dhatêng rêrêgèn ing sabên satunggil-tunggiling sêrat kabar, ingkang sampun mawi pramasthian. Dene limrahipun sêrat kabar ingkang agêng, têgêsipun kêrêp mêdalipun, kathah lênggananipun sarta wiyar sumêbaripun, rêrêgènipun wara-wara wau inggih awis, kosokwangsulipun wara-wara ingkang kapacak ing sêrat kabar ingkang alit, sakêdhik lênggananipun, awis-awis mêdalipun tuwin ciyut têbanipun, rêrêgèning wara-wara mirah kemawon. Sêrat kabar punika sumêbar dhatêng pundi-pundi, tarkadhang sagêd mêdal dhatêng tanah mônca punapa, mila wara-wara ingkang kapacak ing ngriku, inggih sagêd sumêbar dhatêng pundi-pundi, malah

--- 1105 ---

tumrapipun panggaotan ingkang agêng-agêng, anggènipun macak wara-wara, botên trimah namung ing sêrat kabar satunggal kalih kemawon, ing pangangkah daganganipun sagêda saya jêmbar têbanipun.

Wara-wara punika malah botên namung tumrap kangge kabêtahanipun para dagang utawi panggaotan sanèsipun kemawon, nanging ugi dados kabêtahanipun sintên kemawon, ingkang prêlu kasumêrêpan ing umum, upaminipun: madosi waris ingkang ical, pados punggawa, ngupados padamêlan, nglairakên suka panarimahing manah, ngaturakên panuwun, nyewakakên barang lan sanès-sanèsipun. Malah ing samangke sampun wontên tiyang pados jodho sarana nglêbêtakên wara-wara.

Mirid kawruh nglêbêtakên wara-wara ingkang sêdyanipun badhe damêl majênging dagangan sarta panggaotan, miturut pamanggihipun tiyang ingkang kalêbêt mangrêtos, makatên:

Nglêbêtakên wara-wara dhatêng sêrat kabar lan sapanunggilanipun, tumrapipun bôngsa kita taksih nama kuciwa sangêt tinimbang kalihan sudagar mônca. Mênggah kuciwanipun wau, botên namung saking sakêdhikipun ingkang sampun mangrêtos kemawon, kalêbêt bab cara-caranipun damêl wara-wara, dèrèng paja-paja sampurna. Amargi botên dupèh sampun damêl wara-wara kemawon, manawi botên ambobot dhatêng agêng aliting dagangan, utawi sanajana asring damêl wara-wara, manawi botên mikantuki dhatêng prêlu lan kawontênanipun, nama namung ambucal waragad ingkang botên sakêdhik kemawon. Kados ta lêpating damêl wara-wara, sagêd ugi malah damêl munduring daganganipun, saking pikantukipun botên timbang kalihan pambayaring waragad, babagan ingkang makatên, ugi prêlu kêdah dipun sumêrêpi.

Kathah kemawon ingkang gadhah pangintên, dupèh sampun kathah masang wara-wara, wani ambayar waragad kathah, nêmtokakên badhe agêng pituwasipun. Pangajêng-ajêng ingkang makatên wau, manawi dèrèng paham dhatêng cara-caranipun damêl wara-wara, pancèn asring kacelik. Awit macak wara-wara punika, botên gumantung saking kathahing wêdalipun waragad, sarta kêndêl damêl wara-wara kemawon, nanging kêdah kanthi kasagêdan, kadospundi akal utawi ubat-ubêtipun supados pamasangipun wau, mikantuki dhatêng majênging daganganipun. Têtelanipun kathah kemawon damêl wara-wara ingkang ngandhar-andhar anglawèr, ngantos nêlasakên waragad pintên-pintên atus rupiyah, nanging uwohipun kawon kalihan wara-wara ingkang cêkak mêntês, nanging pandamêlipun ukara utawi modhèlipun ngangge tatanan sarta kasagêdan.

Tiyang maos sêrat kabar, ingkang dipun prêlokakên botên wara-waranipun, nanging dhatêng isinipun sarta kabaripun, saya malih dhatêng pakabaran utawi ungêl-ungêlan ingkang botên sagêd narik manah, pamaosipun dipun sêmadosi mangke-mangke, malah tarkadhang kasupèn botên kawaos. Makatên ugi tumrapipun tiyang damêl wara-wara, pêpiridanipun kêdah botên tilar rekadaya, supados têtêmbunganipun sagêd narik manah, wujudipun sagêd damêl rêsêping paningal.

Ingkang maos sêrat kabar, botên ambêtahakên [ambêtaha...]

--- 1106 ---

[...kên] tiyang ngalêmbana daganganipun, sarta botên bêtah dhatêng tiyangipun ingkang damêl wara-wara, ingkang dipun prêlokakên anggènipun lêngganan sêrat kabar, badhe anjêmbarakên sêsêrêpan sarta ngindhakakên kawruhipun, dados kabêtahanipun beda kalihan tiyang ingkang nglêbêtakên wara-wara. Môngka angkahipun ingkang damêl wara-wara, supados wara-waranipun dipun waos. Sabab wara-wara ingkang botên dipun waos, saminipun ambucal arta ingkang tanpa tônja.

Margi saking ingkang makatên wau, sintên ingkang ambêtahakên masang wara-wara, kêdah sagêd pados rekadaya, kadospundi akalipun murih para maos sêrat kabar, salêbêtipun sakeca sawêg maos, sarana botên kajarag sagêd katarik manahipun dhatêng satunggiling wara-wara. Makatên punika jalaranipun tarkadhang katarik saking warninipun, wujudipun utawi saking ukaranipun. Inggih makatên punika ingkang dados wêwadosipun, ingkang kêdah tansah dipun udi dening para tiyang ingkang ambêtahakên damêl wara-wara wontên ing sêrat kabar lan sapanunggilanipun.

Saking kasampurnanipun sarta kasagêdanipun nata wara-wara, sagêd ngawonakên dhatêng pakabaran ingkang prêlu, ingkang jalaranipun katarik saking sagêdipun damêl wara-wara kemawon. Warni-warni sangêt rekanipun damêl wara-wara, murih murugakên damêl majêngisun , kados ta: ing salêbêtipun gambar idhup, ing papan umum sanès-sanèsipun, nyêbar wara-wara lan sapanunggilanipun.

Panunggilanipun sarana ingkang kangge ngajêngakên malih, inggih punika ingkang kawastanan ing têmbung mônca reklame (reclame). Reklame punika kajêngipun botên sanès badhe: ngatingalakên, ngalêmbana utawi mamèrakên daganganipun, supados sagêd kasumêrêpan ing ngakathah. Saking warni-warninipun damêl reklame, ing ngriki namung badhe kaandharakên sawatawis, supados sakêdhik-sakêdhik sagêd anggêpok punapa ingkang dipun kajêngakên têmbung wau.

Ing sabên sêtatsiun, kamar bolah, ing pêkên, griya kumidhèn, saurutipun margi-margi, ing kitha-kitha agêng alit, asring kapasangan gambar utawi sanès-sanèsipun, ingkang mratelakakên dhatêng dagangan sarta sêsadean warni-warni, punika inggih kalêbêt reklame.

Sabên wontên pasar malêm utawi panunggilanipun, kathah para sudagar utawi kabudidayan sanès-sanèsipun, sami mitongtonakên barangipun, sêsadeanipun utawi panggaotanipun, prêlunipun supados kasumêrêpan ing ngakathah, punika inggih kalêbêt minôngka reklame.

Panyadening daganganipun dipun sudakakên, ginantungan bêbingah (letre), nyukani lêlahanan dhatêng tiyang kathah, ngwontênakên arak-arakan tuwin sanès-sanèsipun, inggih dados reklame.

Dados punapa ingkang dipun kajêngakên sarana damêl reklame wau, pandudut manah utawi pangiming-iming dhatêng tiyang kathah, supados kapengin dhatêng punapa ingkang dipun tawèkakên, ingkang wusananipun sagêd damêl majêngipun.

Wasana namung samantên atur kula.

K.M. Sasra Sumarta.

--- 1107 ---

Ekonomi

Lombok Jêmpling utawi Jêmprit.

Sadaya tiyang tamtunipun sami ngawuningani bilih lombok punika raosipun pêdhês, munpangatipun dhatêng badan botên sapintêna, malah manawi tiyang kêkathahên nêdha lombok, padharanipun mulês, mripat ambaliyur, utawi sok ambalobok. Ing kawruh kadhoktêran, tiyang punika ingawisan nêdha lombok (pêdhês). Ananging rèhning sampun kadhung kabêkta saking kulinanipun tiyang Jawi sami nêdha lombok, inggih punika namung kangge adon-adoning bumbu olah-olahan cara Jawi, tuwin sêgêr-sêgêran nêdha sêkul (kangge sambêl), mila inggih kados wontên prêlunipun saupami bab lombok jêmprit wau kawrat ing udyana ngriki.

Ambokmanawi para maos ugi sampun asring nyumêrêpi lombok ingkang thukul ing gowok utawi tunggak-tunggakan kajêng lan kajêng growong ing rêrungkudan. Mênggah sagêdipun thukul ing panggenan ngriku punika jalaran saking dayanipun pêksi ingkang sami nêdha lombok wau, lajêng nêlèk ing ngriku, wasana thukul ngantos mêdal wohipun.

[Grafik]

Lombok jêmprit.

Dados sapunika sampun gênah saha têtela manawi gêsangipun lombok jêmpling punika botên tampik papan, saha gêsangipun sae sarana rinabuk ing têlèk pêksi utawi ayam. Pramila mênggahing pamanggih, manawi sangandhap papringan botên sagêd nanêmi bangsaning krowodan, prayogi katanêmana lombok alit kemawon, inggih punika: lombok jêmpling utawi jêmprit, impling, gambir tuwin malam utawi japlak.

Mênggah rekanipun nanêm makatên: miliha pasitèn ingkang botên bacêk kapaculana ngantos dhayung utawi mawug dipun kèndêlakên watawis ½ wulan, nuntên karabuk mawi rêrêsah kombong ayam utawi pêksi, botênipun talethong lêmbu utawi mahesa inggih sae, panyarubipun rabuk kêdah ingkang ngantos waradin saèstu, sasampunipun lajêng kakèndêlakên watawis ½ wulan malih, manawi papanipun radi wiyar prayogi kagulud, dene yèn namung sakêdhik kenging lajêng kauluran winih, [wi...]

--- 1108 ---

[...nih,] panjanging winih watawis 15 c.M. miliha ingkang saras (sae), lêting pananêm watawis ½ M. dados sampun kêkêrêpên. Prayoginipun ing môngsa kawolu (lêbaring tanêm pantun ing sabin), dados sadangunipun nahan siti paculan laminipun sawulan wau kêdah damêl papan pangipukan (papan bedhengan) rumiyin, jagèn kangge winih.

Manawi tanêman sampun umur ½ wulan ing sangandhaping wit dipun cocoh, nanging sampun ngantos adamêl pêdhoting oyodipun, yèn wontên rumputipun kêdah kadhangir, dipun aragi ngantos rêsik. Umur kintên-kintên sawulan, lombok wau sampun sêkar, têrus awoh, ngrêsiki rumputipun sangandhaping wit kêdah ajêg. Bilih ing môngsa katiga kêdah kasiram, panyiramipun ing wanci enjing utawi sontên supados botên alum. Lombok ingkang kasêbut nginggil punika manawi sampun purun awoh, botên kêndhat, dene kêndhatipun, yèn môngsa awis jawah utawi kêkathahên jawah. Pratikêl makatên punika, gêsangipun wit lombok wau sagêd ngantos umur 3 utawi 4 taun, utawi langkung. Ananging sabên ing môngsa rêndhêng rabuk wau prayogi kacolok malih, (dipun wêwahi malih), murih damêl ajêging sêgêripun wit.

Manawi sagêd makatên, têtiyang ingkang gadhah papringan punika wau sagêd pikantuk asil malih sanèsipun saking asiling dêling. Wasana namung nyumanggakakên.

Nirasa Nitiatmaja, Tumpang, Malang.

[Grafik]

Umbul Ganawêlang.

Umbul punika toyanipun kala rumiyin dados toya pangunjukan dalêm Ingkang Sinuhun ing Surakarta, nanging sarèhning sapunika toyanipun kirang sae, lajêng botên kagêm.

--- 1109 ---

Waosan Lare

Trêsna ing Wong Tuwa.

V

Sêtya dadi tawananing mungsuh.

[Pocung]

ing dhèk mau Sêtya sawise kêmu /Kurang satu suku kata: ing dhèk mau Sêtya sawise kêtêmu. ngrasa bangêt bungah / saiki mung kari mikir / lêstari lan têtêpe gone ngawula //

lawan sok nyut eling adhine sing katut / digawa ing brandhal / dene pêt têkan saiki / durung tau pisan-pisan olèh warta //

yèn kapetung malah wis sapuluh taun / cêkakaning citra / gone pisahan lan adhi / kêtêmua mêsthi wis dadi wong tuwa //

mêngko mupus tiwas-tiwas nganti kawus / ngrêrusak pikiran / tanpa kêndhat ngangin-angin / pawartane adhine sing ora ana //

nanging gidhuh atine si Sêtya ewuh / awit loking pasar / yèn rêrusuh wiwit umrik / tansah nêmpuh mênyang desa-ingadesa //

mula gugup ing tekade arêp ngukup / biyunge ing desa / aja tansah nguwatiri / bokmanawa nêmahi nêmu sangsara //

banjur matur nyang lurahe sêmu kuwur / lurah kaparênga / kula badhe atêtuwi / biyung kula lan kula boyongi pisan //

kula bingung saking botên tega biyung / nêdha botên nêdha / manawi sagêd anunggil / sampun tansah damêl manah mêlang-mêlang //

dhèk angrungu ki sudagar mangu-mangu / arêp malangana / rumasa ewuh ing ati / awit jênêng anak trêsna ing wong tuwa //

ning yèn entuk pancèn rada ora mathuk / awit ki sudagar / cêtha ing bab kabèh kuwi / pancèn nyata padesan lagi gegeran //

mula banjur alon-alon awèh tutur / iya iya Sêtya / aku bangêt anjurungi / mung bêcike bok iya dipikir dawa //

ora luput ing kandhamu kabèh turut / mung kowe ngrêtia / yèn sing bakal kolakoni / bêbasane kutut dikon nyundukana //

wêruhanmu mêntas ana wong kêtêmu / karo aku sambat / bab kêkêndêlaning baris / panêmpuhe ora nganggo pilih môngsa //

ngono iku mungguh saka panêmuku / bêcik sarèhêna / bèn rada têntrêm sathithik / dadi ora pisan kêparan tutuhan //

karo besuk aku sing saguh amêthuk / kowe ora usah / dadak nganggo tilak-tilik / kêcukupe kabèh aku kang kêduga //

Sêtya dhingkluk ing batine ora mathuk / mula nuli kôndha / nuwun ingkang pamrayogi / nanging kyai awrat mênggah manah kula //

têmtunipun yèn pun biyung inggih sampun / kalangkung nalôngsa / kêpisah lan anak kalih / salêbêting manahipun iba-iba //

malihipun yèn ta kula lajêng purun / têgêl anegakna / namanipun kadospundi / lan kêsupèn ing ngatasing trêsna kula //

milanipun kula kalilana sampun / prêlu badhe ngrêbat / biyung kang sawêg prihatin / kêtungkêpa ing mêngsah môngsa-boronga //

--- 1110 ---

saka iku lurahe kêpêksa ngaku / kasoran ing tekad / bênêre wong anglabuhi / katrêsnaning anak kang mênyang wong tuwa //

mulane mung ora liwat amanjurung / slamête ing dalan / wêkasane Sêtya nuli / rêrikatan budhal arêp mênyang desa //

kaya gugup kudu-kudu sêlak ngukup / mênyang wong atuwa / lali nyang bêbaya pati / ing lakune disêngka bèn enggal têka //

nanging bingung barêng desa akèh suwung / samana dilalah / kêtêmu êmbokne nuli / prêmbèh-prêmbèh wis mèh ora bisa kôndha //

banjur ngrangkul karo kôndha grathul-grathul / thole tulungana / aku dang gawanên ngungsi / uwakanmu Si Rana uwis dibônda //

iki mau êmbuh bae sapungkurku / sanalika Sêtya / mak parêmpêng muring-muring / pangrasane mung wani nêmpuh bêbaya //

nuli cancut ing lakune arêp bacut / nêdya nandhingana / mênyang wong sing ambêg drêngki / dilabuhi wani arêp tangkêp dhadha //

nanging banjur saya usrêkan kêbawur / lakune barandhal / mak garêdêg nêmpuh wani / ana siji mak cêg anyandhak Si Sêtya //

nanging mak pluk uwonge kêna disampluk / lagi krengkang-krengkang / banjur mak plêk disusuli / têndhang rosa lan mingêr nyotho sing liya //

kêna ambruk dene liyane angêbyuk / nanging Jaka Sêtya / tanggon anggone nadhahi / nganti riwut mungsuhe pating karengkang //

Sêtya liwung nganti lali karo biyung / pijêr lincak-lincak / karo plak-plêk anangani / sasêlane nepang ngrampalake uwang //

ana mungsuh awake gêdhe apêngkuh / wêtênge balêndhang / ingkuk-ingkuk anyêdhaki / mak sut mênthung Sêtya mak sêt endha ngiwa //

banjur ngêsuk mak cêk tangane dibêkuk / grèwèl pênthung tiba / nanging Sêtya mèh dipithing / kêtujune kêsikut wêtênge kêna //

nganti mak nguk mungsuhe kêlumah ambruk / Sêtya malah nyêdhak / watir yèn mungsuhe tangi / ing saiki malah wani sumbar-sumbar //

e la gêmblung la kok jêbul Si Jalêmbung / malik dadi brandhal / aku mêsthi ora pangling / dadi aku iki mau mungsuh tôngga //

hèh dêrohun ayo tangi aja gêtun / o rupamu nyata / kaya gênjik dikêbiri / pantês bae yèn gêdhemu ora rosa //

kono banjur akèh mungsuh padha mundur / sêmu rada samar / dene ana uwong sêkti / ora kêna dicêdhaki sawatara //

wise mau ana manèh mungsuh maju / uwonge nonoman / sajak tanggon kaduk wani / nuli kôndha: uwis ta bêcik nututa //

Sêtya nêsu mak parêmpêng banjur maju / anibani tangan / Sêtya lena ing pamikir / ora wêruh yèn uga uwong uligan //

Sêtya ngangsur ambêgane saya nglantur / wis kapara sayah / mulane banjur mak ciyit / arêp bôngga banjur dibyuk mungsuh têka //

kêna dibut lan sat-sêt banjur diêrut / biyunge sêsambat / dhuh anakku priye kuwi / malah ana sing clathu: cêkêlên sisan //

wise rampung brandhal nuli mangkat mamprung / karo surak-surak / ramene anggêgirisi / nganti gawe pêdhoting ati sing maras //

--- 1111 ---

Rêmbagipun Sêmar, Garèng lan Petruk

Bab Wêwatêkaning Satriya

V

Sêmar : Ayo Nala Garèng utawa Petruk, saiki padha ambanjurake anggone rêrêmbugan mungguhing bab watêkaning satriya. Wêwatêkaning satriya kang ôngka 5 iya iku: kudu duwe kalangênan manuk prêkutut.

[Grafik]

Petruk : Bab kiyi aku pancèn pitaya bangêt Ma, tandhane saking karême wong mênyang anggunging prêkutut, nganti banjur bisa nuwuhake gêndhing kang diarani prêkutut manggung, wah, la kuwi rasane lêr-lêran têmênan Ma, saking anglêre nganti sok bisa nglalèkake utang utawa anggone kudu bayar pajêg. Mara, Ma, jajal dak tirokne sathithik, apa iya ora anglês rasane: hê, hê, hêm, sore-sore prêkutute jaluk ngombe, jambu apa jêruk aku mèlu, apa entuk tak lela-lela anglela putrane sapa, ja ... rik lu ...

Garèng : Wis, wis, Truk, aja kok têrus-têrusake mundhak ngrusakake agama. Wong sajêrone kowe rêngêng-rêngêng mau, aku bingung bangêt anggonku ngrasakake Si Rama, apa iya lagi dhikir, apa lagi pacak gulu.

Sêmar : E, bocah kiyi, anggone sêmbrana kathik ora mari-mari. Rak iya wis dadi padataning uwong, yèn wis tuwa sok banjur buyutên, kok diarani pacak gulu.

Garèng : Masa iya, ana buyutên peranganing badan liya-liyane kathik padha melu obah, kaya ta: pundhake jêngat-jêngit, dalasan bokonge bae kathik melu jalêntrak-jalêntrik, la kuwi arane rak buyutên kabêsusan, têgêsing tuwuhing buyutên mau, jalaran saka katarik dening dayaning gêndhing prêkutut manggung. Ora, Ma, mungguh pangandikamu, satriya kudu duwe kalangênan manuk prêkutut, kuwi aku mupakat bangêt, awit ingon-ingon prêkutut pancèn kalêbu sawijining kamuktèn gêdhe tumrap wong urip ana ing donya kene. Mara pikirên bae: sore-sore lêlungguhan karo sing wadon ana ing pandhapa, ngadhêpake meja wedangan, tekone bingsing, cangkire cupon, gulane batu, tèhe cap Sêmar. Barêng prêkutute manggung, ahur kêtêkung, banjur nyandhak cangkire anyripit wedange: sripit. Mara, apa ora jênêng mukti kaya mêngkono kuwi.

Sêmar : Lho, lho, ana wêwatêkan têka banjur dilêbokake mênyang kamuktèn, pancène ngono iya nyata, yèn ngingu prêkutut kuwi sawijining kamuktèn sing mat bangêt tumrap bôngsa Jawa, nanging sarèhning aku lan kowe isih akèh bangêt butuhe lan sing dipikir, apa kamuktèn mangkono [mangko...]

--- 1112 ---

[...no] kuwi ora bakal andadèkake kapitunaning uripe. Mara padha ngèlingana wêkase wong tuwa-tuwa kuna: aja padha angêntèkake kamuktèn, angèlingana anak putune. Kuwi karêpe rak iya dikon padha mikir butuhe utawa nganggoa kira-kira, sabab saupama ana apêse, sangsarane mau prasasat ditêmaha utawa digawe dhewe. Lah, yèn mangkono harak banjur sinêbut wong tuna ing budi. Saiki ambalèni wêwatêkaning satriya kang ôngka lima, yaiku: kudu duwe kalangênan manuk prêkutut, kuwi ora kok banjur atêgês ngingu manuk prêkutut, ananging: ngibarat sauni-unine anuju prana tur anêngsêmake.

Petruk : Lho, Ma, lagi anu kae kowe awèh piwulang, jare wong kuwi dipênging aja sok dhêmên anggugu ujar lêlamisan, apa kuwi kudu ditindakke wong sauni-unine anuju prana tur anêngsêmake. Jarene wong kang mangkono kuwi sok mêngku karêp kang ora kapenak, tandhane: pira kèhe wong-wong sing jalaran saka kèlu uni kang mêngkono kuwi, wusanane banjur padha didhigulake.

Sêmar : E, la, sêmbrana, kok banjur diwalik wolak grombyang, mungguh kandhamu kuwi iya ana bênêre, nanging bab kuwi gumantung ana wong-wongane, yèn sing duwe wêwatêkan mangkono kuwi pancèn wong ahli apus krama, têgêse têmbunge mau mung tumuju marang pamrih kang agawe cilaka utawa kasangsaraning liyan, kuwi atêgês kawasisaning dakjal lanat. Wong kang mangkono, wis pantêse kudu disingkiri nganti têlung atus pal dohe. Ananging yèn kaya karêpku, sing diarani: sauni-unine anuju prana tur anêngsêmake mau, ora mêngkono karêpe, ananging mangkene: sarêmbug-rêmbuge agawe lêganing liyan, gawe pêpadhang, gawe kaslamêtan lan mung dumunung pitutur utawa pikiran utama. Dadi karêpku sing bisa nuju prana tur nêngsêmake mau, ana patilasane bêcik lan slamêt.

Garèng : Hêm, kok iya angèl manèh. Barêng tak gagas-gagas têka andadèkake kodhênging pikirku, dene kok ora ana lêlakon bêcik kang ditindakake sarana kêpenake, kabèh-kabèh mêksa nganti kangelan, anggonku anggagas mêngkono kuwi, wiwit aku dilairake saka guwa garbane si biyung, nganti bisa ambrangkang, nganti bisa mlaku, nganti bisa jêlumpêt, nganti di-Islamake, nganti dirabèkake, nganti duwe anak siji, duwe anak loro, duwe anak tê ...

Sêmar : Wiyah, kok banjur gawe pêrslah tumitahe ana ing donya. Lah yèn panggawe bêcik kuwi mula wiwit kuna-makuna pancèn rêkasa lan angèl dilakoni dening wong lumrah. Upama gampanga nèh ora ana: kitab Koran, Injil utawi Torèt, apa manèh ora ana buku Wulangrèh utawi buku Wèt, awit uwong-uwonge mêsthi padha apik bêbudène kabèh. Ananging lumrahe, sing akèh-akèh mêsthi kêlimput marang panggodhaning donya. Kaanan sing gumêlar iki tumrap wong kang waskitha dadi tuladha, nanging tumrap aku lan kowe wong cobolo, dadi pangôngsa-ôngsa, [pangông...]

--- 1113 ---

[...sa-ôngsa,] kang banjur nuwuhake rêmbug utawa gunêm lêlamisan mau, manising gunême saka anggone arêp anyukur gundhuling liyan, mula wong urip kuwi saolèh-olèh kudu sing ahli nênitèni, supaya kasinungan pikir waskitha, suwe-suwe bisa sinêbut sarjana sujana.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking sêrat kabar sanès.

Kapal Garut ingkang ngêmot tiyang mandhap kaji sampun dugi ing Tanjung Priuk ambêkta tiyang 850, ing Jedah taksih wontên baita 3 malih. Kapal-kapal ingkang saking Jedah sami dipun lêbêtakên karantinê ing Sabang, amargi ing Jedah tuwuh sêsakit tipus tuwin bèri-bèri. Ing salêbêtipun wontên ing margi kalih dasa dintên wontên tiyang ingkang ngajal 50, jalaran sakit utawi sêpuh. Ing salêbêtipun wontên kapal, ingkang numpak sami angsal panggenan sakeca tuwin sagêd angsal têdha tuwin toya punapadene sanès-sanèsipun kanthi gampil.

Tuwan Surya Atmaja, lulus kandhidhat iksamên bagiyan kalih ing pamulangan luhur pangadilan.

Radèn Suwarsa, asistèn wadana ing Losari, ingkang rumiyinipun jaksa sing Têgal kasêrêg ing prakawis jalaran nalika pasrah-pasrahan padamêlan dhatêng jaksa enggal, kasumêrêpan wontên kisruhan arta f 1000.- ingkang katindakakên wiwit taun 1925 dumugi 1928.

Pulisi ing Cirêbon nyêpêng bôngsa Tiyonghwa ingkang badhe anggantosakên anting-anting barliyan sarakik, kintên-kintên rêgi f 1200.- barang wau kakintên asli kadurjanan gadhahanipun tiyang ing kampung Pamujudan, Cirêbon.

Kabudidayan Malabar-hoeve ing Pangalengan, Priyangan, sampun dipun tumbas ing bôngsa Jêpan kangge nindakakên kabudidayan ulêr sutra. Ing ngriku wontên têtuwuhan bangsaning murbèi godhongipun alit-alit, inggih punika ingkang dados têdhaning ulêr, dipun cangkoki saha dipun lakèkakên kalihan murbèi ingkang godhongipun wiyar-wiyar, asli saking Jêpan. Lare-lare êstri Sundha dipun wulang dhatêng padamêlan punika, manawi kasêmbadan tamtu badhe dados kabudidayan agêng.

Ing bab kadurjanan ing Sêmarang, sapunika rêsèrse sampun wêwah angsal katrangan malih, cacah kadurjanan wolung panggenan, sami ing griyanipun bôngsa Eropah, sarana pangrisak, ingkang nindakakên Hasan sakancanipun, tuwin Hasan ugi ngakêni prakawis kadurjanan-kadurjanan ing Medhan punapadene Surakarta, kathah barang-barang ingkang kêcêpêng.

Ing bab wangsulipun tiyang minggah haji saking Mêkah, punika sadumuginipun ing Tanjung Priuk kathah ingkang dipun papagakên ing sèh-sèh dipun papanakên ing pasipêngan ingkang botên prayogi, tur wragad langkung awis tinimbang sipêng wontên ing hotèl. Patraping sèh wau ugi kagolong bangsane ngapusi, awit punapa cariyosipun ingkang damêl sênêngipun tiyang ingkang dipun papag, sadaya botên nyata.

Badhe pandamêling gêdhong guprênur ing Surabaya sampun karancang waragadipun f 790.000, saha rancangan wau sampun dipun aturakên dhatêng Batawi, nanging dhirèktur B.O.W. mrayogèkakên supados kasuda, langkungipun saking f 700.000 sampun kathah-kathah.

Tuwan A.K. Pringgadigda mêntas lulus iksamên dhoktor pangadilan, wontên ing nagari Walandi.

Wontên pawartos, benjing dintên wiyosan dalêm Sri Bagendha Kangjêng Raja Putri, Gusti Radèn Ayu Sêkar Kadhaton Kustiyah, putri dalêm Ingkang Sinuhun ing Surakarta, badhe ngêdali bêksa srimpi wontên ing gupêrnuran Surakarta.

Benjing wulan Agustus ing Ngayogya saèstu badhe dipun wontênakên kantor urusan panggaotan ambabar lan damêl sinjang, saking panyuwuning ngakathah dhatêng pamarentah, kantor wau supados dipun êdêgakên wontên plataraning tangsi sisih kidul kilèn, salèr kantor bang.

Kasêbut ing sêrat kêkancingan saking paduka tuwan gupêrnur ing Ngayogya, samôngsa Radèn Dwijasewaya kèndêl saking anggèning dados warga Rad Kawula sarta dados gêdhêlêgirdhên, môngka dèrèng kaangkat malih, punika sadèrèngipun angsal padamêlan, angsal kamirahan arta paring dalêm Kangjêng Sultan, sabên wulan f 50.-.

Pabrik gêndhis ing Bêdhawung, Bôndawasa, mêntas ambikak poliklinik, kathah para agêng ingkang rawuh anjênêngi pambikakipun.

Sarèhring griya sewan gêmintê ing Bandhung sampun mèh kêbak dipun ênggèni ing tiyang, mila gêmintê badhe ngadani damêl griya malih, sagêd ugi rampung ing salêbêtipun taun 1929.

--- 1114 ---

Ingkang Sinuhun ing Surakarta têdhak dhatêng tanah wetan, nitih sêpur sênèl sadumuginipun ing Majakêrta nitih mobil dhatêng Pasuruan, Tosari, Probolingga tuwin Bôndawasa. Kondur dalêm badhe rawuh mriksani patilasan karaton Majapait ing Trawulan.

Pakêmpalan Muhamadiyah golongan pangajaran ing Batawi, mêntas adamêl parêpatan kalihan para têtiyang sêpuhing murid wontên ing Kramat, ngrêmbag prakawis wulangan tuwin bab panggulawênthah, ing ngriku ugi ngrêmbag bab ancas badhe ngêdêgakên pamulangan Mulo, kintên-kintên sagêd kalampahan wontên ing taun 1930. Para tamu ugi dipun acarani mriksani kawontênaning sêkolahan tuwin griya pamondhokan.

Golonganing bôngsa pangajaran sawatawis ing Batawi, gadhah sêdya ngawontênakên Taman Pustaka, manggèn wontên ing Indonesische Clubgebouw ing Kramat. Mistêr Sunarya tuwin Tuwan Saerun ugi tumut ambiyantu. Ing sapunika sampun sagêd anglêmpakakên arta f 400.- kajawi punika ugi wontên ingkang badhe paring kadarman buku. Ing wiwitan sampun sagêd ngawontênakên buku 300 iji, ingkang kathah buku-buku prakawis ekonomi.

Tuwan L.A.J. de Haas amtênar topograp ing Malang, mêntas kapriksa ing rad pan yustisi ing Surabaya, kadakwa natoni tiyang, karampunganipun kaukum dêndha f 50.- piyambakipun dèrèng narimah, lajêng apèl dhatêng pangadilan luhur, wusana tampi karampungan, dakwa katêtêpakên kaukum kunjara tigang dintên.

Tuwan Tonneyck wakil guru klas 1 lan kapala guru ing pamulangan Walandi andhap ing Kêndhal, dipun tindakakên prakawisipun ing bab arta. Ingkang dados wigatosipun ingkang prêlu, botên prakawis arta, nanging bab wontêning tindakipun salingkuh.

Pambantu Kajawèn ing Tumpang martosakên, kala ing tanggal 14-7'28 ing Tumpang katawis wontên jawah awu nanging botên sapintêna, kakintên saking rêdi Sêmèru. Mila kathah têtiyang sami watuk, dene ing tanggal 19-7'28 jawah toya sawatawis.

Wiwit tanggal 1-7'28 ing Tumpang sampun botên wontên kontroliripun, dene ing Malang wiwit titi môngsa punika sampun miwiti tumindakipun ewah-ewahan priyantun. Inggih punika ing Malang wontên residhèn 1 asistèn residhèn B.B. kalih saha A.R. van Politie satunggal.

Ada-ada bab badhe wêdalipun kalawarti Jangêt, ingkang dipun adani dening Tuwan Dhoktêr Sukiman, Mistêr Suyudi, Tuwan Rujita, Driyawôngsa tuwin Tejasumarta, sakawit gadhah sêdya badhe sade andhil, nanging sarèhning prêlu badhe gadhah pangêcapan piyambak, bab wau kasandèkakên, saha badhe tumbas pangêcap anggêntosi pangêcapan asli gadhahanipun pakêmpalan P.K.I. ing Surakarta, ingkang sapunika dados gadhahanipun Kaji Anwar ing Ngayogya, pambayaripun sarana nicil, saha katanggêl dening Mistêr Suyudi tuwin dhoktêr Sukiman. Bilih kasêmbadan, dhoktêr Sukiman tuwin Tuwan Rujita katêtêpakên dados dhirèktur, Mistêr Suyudi up redhaktur, tuwin Tuwan Tejasumarta pêr Anwur dhêlêk redhaktur.

Sarêng guru-guru dhusun ing kasultanan Ngayogya angsal indhakan balônja, para juru sêrat pangrèh praja ugi sami gadhah usul nyuwun indhakan balônja, nanging kados badhe botên sagêd kalampahan, awit golongan juru sêrat punika gadhah pangajêng-ajêng minggah pangkat.

Mas Suparwi, Adj. Gouv. Veearts kaparêngakên anglajêngakên sinau dhatêng pamulangan luhur dhoktêr kewan ing Utrecht.

[Grafik]

Ing Gorontalo punika kathah rêdi-rêdinipun ingkang manglung sagantên, mila pinanggihipun wontên ing sawangan sagêd adamêl sêngsêm, kados pêpindhaning rêdi angilo ing paesan.

--- 1115 ---

Wêwaosan

Sêsupe Agêmipun Rajaputri ing Seba.

60

Pêjah kalirên.

Botên watawis dangu wontên rencang-rencang dhatêng malih, ambêkta têtêdhan ingkang langkung eca tinimbang sop, têtiyang wau ngirid satunggaling dhoktêr. Kula sadaya lajêng pitakèn warni-warni, nanging botên dipun wangsuli. Bokmanawi tiyang wau tampi prentah botên kenging wicantên punapa-punapa, makatên ugi têtiyang wau ambêkta toya kangge rêrêsik, utawi waja balebekan, ingkang dening têtiyang Abati dipun pigunakakên kangge pangilon, wontên ing pangilon ngriku kula sagêd aningali warni kula sadaya ingkang anggêgilani saha kêmpong, rai kula sadaya wau kêtingal dados tandhaning tiyang mêntas luwar saking bêbaya kalirên.

Ananging sanadyan têtiyang Abati ingkang anjagi kula sadaya punika botên cariyos punapa-punapa, ewadene jalaran saking solah-tingkahipun, sagêd katingal bilih kula sadaya wontên salêbêting bêbaya agêng. Têtiyang wau anggènipun ningali dhatêng kula kadosdene kucing ningali tikus, samôngsa mêdal lajêng dipun tubruk, kajawi punika, Roderick ingkang pamirêngipun landhêp, mirêng wicantênaning têtiyang Ababti kêkalih pating klêsik wontên ing jawi, mênggah wicantênanipun wau makatên:

Kapan rampunge panjagaku kabèh marang asu-asu buda iki. Ingkang dipun takèni mangsuli: Saikine durung ana karampunganing rad, kiraku bae sesuk utawa suk êmbèn, manawa wong-wong kae wis kuwat. Wah bakal ana tontonan gêdhe têmênan.

Sontênipun, sasêraping srêngenge, kula mirêng panjêlihipun rakyat Abati makatên: Kaparingna têtiyang buda punika, anggèn kula sadaya ngêntosi sampun sayah. Têtiyang wau wêkasanipun dipun usir ing para prajurit.

Kula sadaya lajêng sami rêrêmbagan, lan karampunganing rêmbag wau kula botên sagêd punapa-punapa. Kula sadaya botên anggadhahi mitra satunggal-satunggala, kajawi sang putri, dene sang putri wau kêtingalipun inggih dipun lawan botên beda kula sadaya. Ingkang punika sang putri inggih lajêng botên sagêd pasrawungan kalihan kula sadaya, kula sadaya botên sagêd nyumêrêpi, kadospundi ing têmbe badhe karampunganipun, lan botên gadhah pangajêng-ajêng babarpisan sagêdipun linuwaran saking bêbaya punika.

Higgs wicantên sêmu ngênês: Wah iki ora gawe sênêng, malah luwih susah, saupama aku kabèh iki padha matia ana growongan sangisoring lêmah, kuwi rak luwih bêcik tinimbang dipatèni dening rêrêgêding wong Abati.

Iya. Makatên wicantênipun Olivier angangluhakên sang putri. Anane si kewan-kewan kang anjijèni kae nguripi aku kabèh, prêlune arêp ngukum pati aku kabèh, jalaran dianggêp kaya wong-wong laku cidra.

Kula awicantên: Padha rungokna mitra-mitraku, ing kene aku isih simpên apa-apa yèn ana kêpèpète, sanalika kula lajêng ngêdalakên satunggaling gêndul alit, ingkang isi pil racun sawatawis, saha lajêng kula sukakakên mitra-mitra kula nyatunggal, kula nuntên anglajêngakên wicantên kula makatên: mungguh wêlingku saiki mangkene, samôngsa ing têmbe kowe sumurup, yèn kowe bakal dikaniaya utawa sarana liya-liyane manèh, kowe banjur enggal nguntala pil mau bae, kaya dene kang arêp tak niyatake iki, prêlune bisaa luwar saka panganiayane wong-wong Abati.

Propesor Higgs awicantên: O, iya, kôndha ngono gampang bae, ananing salawase aku durung tau nguntal pil tanpa banyu, lan kewan-kewan kae ora bakal nguwèhana banyu mênyang aku kabèh, ewadene ya bèn pile tak sêrote bae. Hêm, saupama isih ana bêgja sing nêkani, lan saupama isih ana kabêgjan sapisan êngkas kang tumiba ing awakku kabèh.

Sampun langkung tigang dintên, ewadene pangajêng-ajêngipun Higgs wau botên kalêksanan, malah kosokwangsulipun, kabêgjanipun nyingkiri dhatêng kula sadaya. Kula sadaya angsal têtêdhan eca saha migunani, ingkang anjalari kêkiyatan saha kasarasan kula sadaya punika enggal wangsul, botên kadosdene pangintên-intên kula.

Ewadene gagasan kula, kula sadaya botên gadhah pamanahan manawi badhe sami pêjah. Pamanahan ingkang makatên punika tuwuhipun bokmanawi jalaran saking kathah lêlampahan-lêlampahan, ingkang sampun sami linampahan kula sadaya wau, cêkakipun kula sadaya sami nêdha kanthi sêsakecanipun, angasokakên badan wontên papan ing nglêbêt ngriku tuwin nindakakên punapa kemawon, prêlunipun supados enggal angwangsulakên kêkiyatan, ingkang prêlu sangêt kangge kula sadaya wau. Namung Olivier Orme kêtingal susah sangêt, awit piyambakipun tansah ngraosakên dhatêng kawontênanipun [ka...]

--- 1116 ---

[...wontênanipun] sang putri, lan tansah inggih kèndêl angraosakên sang putri, kosokwangsulipun anak kula, kêtingalipun ayêm piyambak, sampun pintên-pintên taun piyambakipun tansah amêng-amêngan nyawa, dados kawontênan ingkang kados makatên punika inggih botên adamêl aliting manahipun.

Wicantênipun Roderick asêmu bingah: Sadaya-sadaya wau wêkasanipun badhe sae, bokmanawi sang putri piyambak ingkang badhe ngêdalakên kula sadaya saking baya pakèwêd punika, sang putri punika bantêr, manawi dipun cêpêng ing Pangeran Josua tamtu badhe sagêd dipun kipatakên, bokmanawi kemawon kadadosanipun ing têmbe badhe botên makatên.

Kula pitakèn: Lho, kapriye mungguh panêmumu Roderick.

Roderick amangsuli: O, kula botên sumêrêp, kintên kula kemawon têtiyang Fung tamtu badhe dhatêng. Awit mênggahing lêlampahanipun têtiyang Fung rak dèrèng rampung, punika mêsthi badhe wangsul mriki, pangajêng-ajêng kula, mugi têtiyang Fung wau sampun ngantos ambêkta bojo kula, ananging kula sadaya samangke harak dèrèng pêjah, angsal têdha ingkang eca-eca tuwin ngasokakên badan kanthi sêsakecanipun saking growongan sangandhaping siti punika.

Enjingipun dhawahing dintên ingkang ngrampungi badan kula sadaya.

Nalikanipun kula sadaya sawêg kemawon rampung anggènipun sami sarapan, ujug-ujug korinipun dipun wêngakakên, saha wontên prajurit sawatawis ingkang lumêbêt ing ngriku, sami amangangge kados sacaraning abdinipun Pangeran Josua, para prajurit wau dipun pandhegani satunggiling upsir, ingkang lajêng suka prentah supados kula sadaya ngêtutakên dhatêng piyambakipun.

Orme apitakèn: Kula sadaya badhe kairid dhatêng pundi.

Upsir wau mangsuli kanthi kasar makatên: Prêlune diirid ajêng kon ngrungokake karampunganing rade sang putri, prakara anggèn sampeyan êmpun mêjahi ing para kawulane sawatawis.

Higgs wicantên: Yèn ngono ya kêbênêran, yèn sing dadi pangarsane pangadilan sang putri piyambak, kêna tak pasthèkake yèn aku kabèh padha linuwaran saka paukuman, sanadyanta luware mau jalaran saka dayane si Orme.

Kula lajêng ambisiki Higgs makatên: Kowe aja banjur buru-buru mêsthèkake mangkono, kaanane saiki iki nyalênèh bangêt, lan pikirane wong wadon iku sok molah-malih.

Adams. Makatên wicantênipun Higgs sarana nyorotakên bêlinging kaca mripat dhatêng kula, yèn kowe duwe ratu kang kaya ngono, kowe mêsthi dadi mungsuhku, panggalihane sang putri ora bakal molah-malih, gagasanmu kang kaya mangkono iku, kêna tak arani pangina gêdhe, aja nganti Orme krungu kang kaya mangkono kuwi, apa kowe lali yèn sang putri iku kasmaran bangêt marang si Orme.

Kula amangsuli: Ora, ananging aku uga sumurup yèn Pangeran Josua iku kasmaran bangêt marang sang putri, lan saiki sang putri dadi tawanane Pangeran Josua.

XX. Karampunganing rad saha sasampunipun.

Wontên ing nglêbêt papan tahanan kula sadaya dipun jèjèr-jèjèr saha kakêpung prajurit rangkêp, kadosdene gagasan kula sadaya, prêlunipun sampun ngantos minggat, ananging botên watawis dangu malih kula sadaya lajêng sami mangrêtos, bilih pajagèn ingkang makatên wau prêlunipun kangge anjagi supados kula sadaya sampun ngantos karangsang saha dipun picis ing rakyat Abati. Samargi-margi saking papan kula tahanan ngantos dumugining papan pangadilan, inggih punika papan gêgêntosing karaton ingkang sampun kêbêsmi, kathah tiyang sami rubung-rubung sêmu ngontog, sami ajêlih-jêlih nêdha êrah kula sadaya, malah têtiyang èstri ingkang panganggenipun pèni-pèni tuwin lare-lare sami ngidoni dhatêng kula sadaya, rainipun sami kêtingal mangar-mangar jalaran saking nêpsunipun.

Kula sadaya lajêng dumugi ing pangadilan, ing ngriku para pangagênging agami sawêg sami mriksa prakawis-prakawis piawon. Kula sadaya lajêng kairid langkung sangajênging para luhur tuwin para prajurit, ingkang salêbêtipun kula sadaya sawêg langkung wau sami amêmoyok, saha lajêng dumugi papaning pangadilan, ingkang kala punika sampun kêbak têtiyang ningali, lampah kula sadaya sami ngênêr dhatêng têngah, ing ngriku dipun sadhiyani panggenaning pasakitan tuwin adpokatipun, dene ing sawingking ngriku mèpèt tembok, palênggahaning juru pangadilan.

Ingkang lênggah ing parêpatan ngriku wontên warga gangsal malah satunggaling warga wau Pangeran Josua, dene ingkang lênggah ing têngah-têngah minôngka pangarsaning pangadilan, sang putri, kala punika mangagêm pangagêman kaprabon, tuwin wadananipun dipun kudhungi.

Sukur ing Pangeran dene panjênêngane sang putri isih sugêng. Makatên garundêlanipun Orme.

Higgs awicantên: Iya, ananging kêna apa panjênêngane lênggah ana ing kana, panjênêngan-panjênêngane rak kudu lênggah ana ing bangku papaning para pasakitan.

(Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 64, 23 Sapar Taun Alip 1859, 11 Agustus 1928, Taun III.

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1133] ---

Ôngka 64, 23 Sapar Taun Alip 1859, 11 Agustus 1928, Taun III.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Adining Sawangan

[Grafik]

Para maos kados sampun sagêd manggalih piyambak, manawi pinuju amriksani kawontênanipun sawangan ingkang nêngsêmakên, asring andadosakên kayungyunaning panggalih. Ing nginggil punika gambaripun talaga ing Coba, tanah Batak, ingkang pinggiripun kêbak sawangan adi.

--- 1134 ---

Raos Jawi

O, Awrat Sangêt Mênggah Sêsanggèning Tiyang Nêtêpi Wajib

Yèn tiyang sampun mêngkoni anak bojo utawi bale griya, limrahipun kawastanan sampun gadhah wajib, nanging botên ngêmungakên punika kemawon ingkang nama tiyang sampun gadhah wajib. Sanajana taksih lêgan dumugi lare pisan, manawi sampun gadhah pandamêl utawi panindak ingkang mêsthi kêdah katindakakên sabên wêktu ingkang katamtokakên, punika inggih nama sampun gadhah wajib. Ananging ing andharan ngriki namung nyariyosakên tumraping tiyang ingkang sampun mikir mênggah katêntrêmaning mêngkoni anak semah utawi bale griya tuwin sapanunggilanipun, murih sagêda dados pêpèngêting manah sawatawis, tumrap para ingkang sami nindakakên kuwajibanipun sadaya prakawis ingkang kêdah dipun sanggêmi.

[Grafik]

Ngêcèt sarana ôndha kados nginggil, punika nyamari.

Ing sawênèhipun tiyang manawi ningali kuli nglabur pipaning pabrik gêndhis, krêtêg-krêtêg ban sêpur ingkang inggil, utawi mênara tuwin sapanunggilanipun, ing manah amasthi gadhah raos ênir-ênir, awit tumut nguwatosakên ambokbilih tukang labur wau dhawah saking ngriku, utawi nyamarakên pêdhoting tampar ingkang kangge nêncang bangkekanipun, jalaran saking inggiling barang ingkang dipun labur. Ing batos amastani bilih padamêlan punika sasat botên ilok katindakakên dening tiyang, malah sawênèh ngantos kawêdal wicantênipun makatên: dhuh Gusti nyuwun ngapura, kok mêmêlas têmên kowe sadulur tukang nglabur, anggonmu golèk sêga sapiring minôngka isining wêtêng têka nganti korewangi nancang bangkekan, munggah mènèk samono dhuwure, kathik anggawa piranti kanggo ngêcakake gawene, adhuh, saiba susahe anak bojomu, saupama kowe nganti tiba saka kono bakal dadi apa, tur ambokmanawa balanjamu ora nyumbuti, ah têka ngêrês bangêt atiku.

Mênggah ngêrêsing manah ingkang makatên wau pancèn botên anèh, tumrap ingkang botên kulina nyipati punapa malih nindakakên. Ananging mênggah salêrêsipun: tiyang ingkang kawawa ngantos gadhah kuwanèn angêcakakên padamêlan ingkang angêmar-êmari manah, upaminipun kados kasêbut nginggil, punika nama pilihan, tandhanipun botên sok tiyang kaconggah mêrdamêl ingkang makatên wau, kajawi ingkang sampun kulina nyipati utawi nindakakên, [nindaka...]

--- 1135 ---

[...kên,] samantên wau namung kaanggêp padamêlan limrah.

Punapadene langkung utami malih tumraping tiyang ingkang kêdah nêtêpi kuwajibanipun, kala angêcakakên damêl mawi gadhah katekadan utawi pêpunton: murih sagêda kacêkap punapa bêtahipun, jalaran ngagêsang punika masthi kêdah nyambut damêl, sanadyana ingkang samantên punika kalêbêt awrat-awrating tiyang kajibah ngupadosakên napakahnapkah. ing anak bojo murih sagêda têntrêm ing gêsangipun, tur ingkang makatên wau botên prabeda kalihan tiyang ingkang nyambut damêl lêlayaran ing sagantên utawi para prajurit ingkang nuju wontên samadyaning paprangan, tuwin sapanunggilanipun. Punapa malih juru nglampahakên motor mabur ing awang-awang.

Pramila ingkang makatên punika nama awrat-awrating nêtêpi wajib. Tiyang ingkang nêtêpi wajib sampun asring pinanggih ing ungêl-ungêlan Jawi makatên: nora mamang ing kêtêl rungkud guwa gothaka yêkti sinasak, macan galak banthèng ngamuk kinêmbaran, bobote kajibah kudu nêtêpi wajib, aja manèh lara, nadyan tumêkèng lena nora bakal mundur. Samantên pêpuntoning manahipun tiyang ingkang nêtêpi wajib kanthi eklasing batos, jêr sampun samêsthinipun mênggahing tiyang ing Jawi punika kêdah nêtêpi punapa ingkang dados sêsanggêmanipun, watonipun anggêr tumindak ing margi ingkang lêrês, tanpa nyalèwèng utawi sêmang-sêmang, tur kanthi pangatos-atos. Para sagêd sampun nyêbutakên bilih tiyang pêjah, manawi pêjahipun jalaran saking anggènipun ngêcakakên padamêlan ingkang sampun kuwajibanipun, punika nama pêjah sae.

Kados andharan ing nginggil punika nama sampun limrah wontênipun wiwit saking pêpangkataning kuli dumuginipun pangkat luhur pisan, ing ngandhap punika wontên malih cariyos ingkang kenging kangge têpapalupi tumrap tiyang ingkang nêtêpi kawajiban saha sêsanggêmanipun, tur mungguh saèstu minôngka kadosdene pola:

Lêlampahanipun Prabu Usinara, kalihan pêksi Nara ingkang nêdya nyuwun pangayoman ing sang prabu. Kawajibaning ratu ingkang minulya piyambak punika kaparêng angayomi sadhengah ingkang sami wontên ing dalêm wêwêngkoning kaprabonipun. Kacariyos wontên dewa kêkalih, Sang Hyang Endra kalihan Bathara Agni, karsa anyobi sêtyanipun Sang Prabu Usinara dhatêng kuwajibanipun, Sang Hyang Endra mancala warni pêksi alap-alap, dene Bathara Agni dados pêksi dara, sasampunipun sami santun warni, alap-alap ambujêng dara, mila dara lajêng ngupaya pangayoman dhawah ing pangkonipun sang prabu. Alap-alap umarêk sarwi matur manawi pêksi dara punika sampun pinasthi dados jarahanipun, sang prabu botên marêngakên amargi awêwaton pasêksèn, dene dara wau nyuwun pangayomanipun ratu ingkang amêngku ing praja wau, kacariyos pun ala-alap umatur pratela manawi kecalan têdhanipun, punika ugi kawajibaning ratu kêdah angayomi kawulanipun ingkang badhe pêjah kaluwèn, sang prabu botên karsa angêculakên dara saking pangayomanipun, pramila dhawuh badhe nglintoni têtêdhan sanèsipun, ananging kaparingan punapa kemawon botên narimah. Wasana alap-alap ugi purun nampèni [nampè...]

--- 1136 ---

[...ni] manawi kaparingan lintu daging sariranipun sang prabu ingkang bobotipun sami kalihan wawrating dara, sang prabu marêngakên, mila lajêng ngiris sariranipun kadèkèk ing traju kasisihan pêksi dara, ananging taksih anjomplang awrat daranipun, ngantos marambah kairisakên malih, nanging mêksa awrat daranipun, ngantos saliranipun têlas dagingipun, sadaya kadèkèk ing traju. Sanalika wau dewa kêkalih lajêng sami ngejawantah. Sarta paring nugraha dhatêng sang prabu, dene sang prabu kadugi nglilahakên sariranipun piyambak kangge lintunipun titah ingkang nyuwun pangayoman ing panjênênganipun (pêthikan saking Mahabarata).

Minôngka panutuping karangan punika, sasampuning maos cariyos ing nginggil raosing ciptanipun ingkang damêl gubahan: O, awrat sangêt mênggah sêsanggêmanipun tiyang ingkang mulus manahipun nêdya nêtêpi wajib, nanging ing bab punika kanggening kula, inggih nêtêpakên kamungguhan kanggening ngagêsang. Pramila mênggahing panyuraosipun para ingkang sami karsa anggatosakên môngsa-borong, wontên kakiranganipun mugi sampun kirang ing pamêngku.

Nirrasa

Tumpang, Malang

Kawruh Warni-warni

Pangudaraos

Sampun kathah para sêpuh ingkang sok angojahakên, nalika taksih sugêngipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita pujôngga agêng ing Surakarta nate ngêndika kados uran-uran ing ngandhap punika:

[Pocung]

Duk rumuhun wus ana pocapanipun / Ki Rônggawarsita / pujôngga Surakarta di / sung pêpali mring kang ngadhêp kalamôngsa //

pra siswaku rungokna iki ujarku / ing sapungkur ingwang / wus tan ana malih-malih / kang gumanti antuk namaning pujôngga //

têmênipun wong pintêr akèh satuhu / nora kurang-kurang / kana-kene amênuhi / mung cacade tan duwe pulung pujôngga //

kutha agung kutha alit datan kantun / jroning desa-desa / wong pintêr blasah ngêrobi / wasisira wus tan pae lan pujôngga //

emanipun yèn ngikêt ukara amung / rada pinarkosa / anggêr olèh tiba dhongdhing / nora mikir urute ingkang carita //

manisipun wong ngikêt ukara iku / nadyan rada wadhag / anggêr urut kang rinakit / nora parlu purwakanthi dèn pilala //

sukur-sukur purwakanthine kang mathuk / iku kang prayoga / karya manising palupi / yèn tan bisa aluwung barès kewala //

dadya patut tur ta nora gawe bingung / mring kang samya maca / wit kang maca durung bangkit / ewuhaya dene masih tidha-tidha //

wosing rêmbug yèn tan nalar kang tinurut / luwung nora maca / sayêkti tan dadi pikir / tiwas buwang môngsa larang tanpa karya //

dhuh ki pocung

--- 1137 ---

emanên si kaki pêngung / ngungkat-ungkat nalar / lare alit dèn pamèri / tiwas-tiwas mung gawe bingunging nalar //

ngrasa tuwuk sadèrèngnya praptèng pucuk / luwung ngombe wedang / wedang bubuk gula pasir / pacitane kang mathuk roti martega //

sukur-sukur utamane nganggo susu / kang durung camboran / rasane tur lêgi gurih / pan mangkono kang aran antuk wirama //

pasthi mathuk kadya kêthuk kang thinuthuk / thukuling wirama / kêthuk papat kênong siji / kênong catur gôngsa gêng tinatap sigra //

yêkti mathuk dadya nora gawe gidhuh / kang ngudhoni swara / Gambirsawit dèn bawani / Rarabentrok salendro pathête sanga //

mangkya umum kaole kang samya bêsus / gêndhing warna-warna / mawi mandhêg dèn sindhèni / saya mathuk kinanthi tibaning pada //

wit puniku saking wasise bok cepluk / bisa ngarah pada / wolak-walik dudut ati / têtirunên kang mangkono dimèn tata //

aja amung waton dadi kobrak-kabruk / mêsakna kang nelad / yèn kabacut kongsi dadi / bakal bubrah kaum mudha kang kapradhah //

dipun emut aja mung anggêre ngidung / tiwas gawe wirang / wirang apa dèn golèki / ngelingana yèn satriya tanah Jawa //

yêkti bêsus ngikêt ukara kang patut / ing sêkar macapat / gêndhing agêng wus tan kari / praptèng pada tinampenan ing pradôngga //

yèn wus mathuk kang mangkono dadya turut / kanggo mulang putra / tinurut atur prayogi / ingkang aran wus lêbda ngikêt ukara //

nora saru dèn rungokkekarungokake. karungu / nadyan liyan bôngsa / wus pasthi padha ngarani / têmbang Jawa dhasar pantês pinilala //

Uran-uran ing nginggil punika mugi sampun kagalih punapa-punapa, awit namung kangge nglêlantih anggèn kula sinau ngikêt têmbang, amila manawi wontên kauning ukara, namung nyuwun pangaksama dhatêng para maos.

I Ing Cyang

Ing Blitar

[Grafik]

Radèn Mas Adipati Cakrawardaya, Bupati Cilacap ingkang sampun pènsiun, seda. Layon kasarèkakên wontên ing Cilacap. Bidhaling layon saking kabupatèn, kathah para luhur ingkang sami nglayat.

Suwargi ingkang bupati wau anggènipun ngasta pakaryan praja sampun 46 taun, kapetang Bupati Cilacap ingkang jumênêng kaping sakawan, saha sampun angsal bintang êmas agêng, songsong jêne, punapa dene bintang O.O.N.

--- 1138 ---

Bab Kasarasan

Soroting Surya

Ing salêbêtipun panti usada, kêbak racikan jampi maneka warna ingkang migunani kangge nyarasakên sawarnining sêsakit. Sadaya jampi wau sagolongan agêng kathah ingkang ngêmu wisa, utawi ingkang abên-abênanipun pancèn saking wisa, upaminipun kininê ingkang dados jampinipun malariyah, punika sajatosipun wisaning kinah, ingkang dayanipun ambêbayani sangêt, manawi ngantos kaladuk saking takêranipun, sagêd damêl tiwasipun ingkang nêdha. Makatên ugi tumrap sawatawis jampi sanès-sanèsipun, kathah ingkang pinangkanipun saking wisa utawi barang ingkang ambêbayani. Mila manawi dhoktêr ngusadani sêsakit utawi jampi-jampi ingkang pinangkanipun saking panti usada (apotik) panganggenipun mawi tinakêr sapintên mêsthinipun sarta ingkang kêdah dipun èstokakên dhatêng sadaya tiyang.

[Grafik]

Soroting srêngenge ingkang damêl kasarasan.

Kajawi jampi racikan kados ingkang kula andharakên ing nginggil wau, wontên malih jampi ingkang dumados saking kuwasaning kodrat, inggih punika soroting surya. Usada punika limrah kemawon, sanès barang ingkang awis rêrêgènipun sarta angèl pikantukipun, ewadene dayanipun agêng sangêt dhatêng kasaraning badan, kêkiyatanipun nyarambahi dhatêng ingkang sampun kataman ing sêsakit, utawi kangge kasarasaning badan supados sampun ngantos katrajang ing sêsakit.

Mênggah dayanipun surya kalihan kasarasan, têtelanipun sagêd katitik saking kawontênanipun tanêm tuwuh sarta sato kewan, ingkang sami botên angsal soroting surya ingkang nyêkapi. Têtuwuhan ingkang thukul ing papan ingkang botên kasorotan surya, tuwuhipun tamtu manglung nalosor dhatêng papan ingkang wontên sorotipun. [so...]

--- 1139 ---

[...rotipun.] Ing sangandhapipun kêkajêngan agêng botên wontên thukulanipun rumput utawi sanèsipun, sanajana katanêman punapa kemawon tuwuhipun tamtu botên sagêd subur, mênggah ingkang dados jalaranipun ing papan wau ayom, soroting surya kirang nyêkapi kangge gêsangipun têtuwuhan ingkang badhe thukul ing ngriku. Beda kalihan têtuwuhan ingkang gêsang ing papan bêntèran, ingkang sabên dintênipun gampil angsalipun pêpadhang ingkang nyêkapi, tuwuhipun sagêd subur andêmênakakên, ewadene manawi lajêng kapindhah dhatêng papan ingkang pêtêng botên nate angsal soroting surya, wujudipun malih dados jêne, dene gêsangipun botên sagêd lêma kados suwaunipun. Makatên ugi kewan-kewan ingkang pangupakaranipun rêkaos angsalipun pêpadhanging surya, wusananipun dados kewan ingkang gêringên sarta gampil kacandhak ing sêsakit.

Mênggah yêktosipun, soroting surya punika dayanipun agêng sangêt dhatêng indhaking agêngipun badan, saya ingangingkang. tumrap dhatêng lare-lare utawi neneman, botên beda kados ingkang andayani dhatêng tanêm tuwuh. Kajawi punika, ugi sagêd damêl pêjahipun kruma-kruma ingkang dados wêwinihing sêsakit, asring kemawon dipun wontênakên panitipriksa dening para sarjana kasarasan, tumrap tiyang sakit ingkang wontên ing pantiraga,pantiroga. ingkang manggèn ing kamar ing blak-bêlakan, inggih punika ingkang gampil pikantukipun padhang soroting surya, langkung enggal sarasipun tinimbang ingkang manggèn ing sawênèhing kamar, ingkang jandhela sarta lawangipun tinutup kemawon.

Tiyang ingkang gadhah sakit cêkèk utawi watuk garing, inggih punika satunggiling sêsakit ingkang angèl sangêt jampenanipun, prayogi sangêt manawi angsal soroting surya ingkang nyêkapi. Mila manawi miturut pitêdahipun dhoktêr, tiyang ingkang sakit cêkèk, yèn siyang kêdah kapapanakên ing sajawining griya, kadamêlakên papan pangisisan sangandhapipun kêkajêngan ingkang ayom, mênggah pamrihipun supados angsal pêpadhang soroting surya ingkang nyêkapi. Wosipun kathah sangêt sêsakit ingkang mayaripun utawi sagêdipun saras, prêlu angsal piotulungan saking soroting surya.

Surya punika gadhah daya bêntèr lan pêpadhang, makatên ugi gadhah daya ginaib ingatasing donya punika lan sagèd damêl gêsangipun sadaya titahing Pangeran. Kawruh ingkang makatên punika botên namung mirid saking kawruh kasarasan, ingkang umumipun dipun angge ing wêkdal samangke kemawon, malah ing dalêm jagading Kajawèn kita, ugi wontên wêwêdharaning pitêdah ingkang larasipun angêplêki kalihan wêwarah kawruh kadhoktêran. Swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara Ingkang kaping 4 mêdhar wêwarah tumrap dayanipun surya lan sadaya planit ingkang sami ambabar sorot, kawrat wontên ing buku sêkar-sêkaran gerongipun gêndhing Rajaswala, kawêdharakên makatên:

surya côndra daru kartika samya / amadhangi jagad raya wimbuh wèh martana / sakèhing dumadi //

Kadospundi mênggah suraosipun ungêl-ungêlan wau, para maos tamtunipun botên kêkilapan, [kêkila...]

--- 1140 ---

[...pan,] inggih punika surya, rêmbulan, andaru sarta lintang-lintang punika sami madhangi jagad punika, sarta damêl gêsangipun sadaya titah. Sumôngga kalarasa, mangke rak sagêd cundhuk plêk kemawon, cocog kalihan kawruh kasarasan kados ingkang kula andharakên ing nginggil.

Punika gunanipun dene griya kadamêl ingkang kêdah padhang, kathah jandhela sarta lawangipun, botên liya kajawi murih supados angsal padhang saking soroting surya ingkang nyêkapi, ingkang kêbak usada minôngka tuking kasarasan kangge gêsangipun sadaya titah. Amargi saking punika, ngakathah kados lajêng sagêd anggalih piyambak, mênggahing sadaya rekadaya kangge panjagi ingkang tumrap dhatêng kasarasaning angga, ingkang pinangkanipun saking daya soroting surya wau.

K. M. Sasrasumarta.

Ekonomi

Andèrès Wit Kalapa

Tiyang andèrès wit kalapa punika sok ugi wontên tiyang ingkang ngramakakên, tiyang andewa. Têmbung makatên punika namung mêndhêt saking kawontênanipun ngriku, manawi mirid saking padhalangan, dewa punika sagêd ngambah jumantara, utawi kayanganing dewa punika nginggil. Mila inggih mèmpêr manawi tiyang andèrès punika manawi pinuju mathangkrong ing wit, prasasat kados dewa wontên ing kayangan, sagêd amawas ing keblat.

Andèrès punika satunggiling pandamêlan ingkang rêkaos tur ajêg, tiyang andèrès punika kaanggêp satunggiling pandamêlan ingkang asor, mênggah anggènipun mastani asor wau inggih wontên lêrêsipun, jalaran lôngka mênggah tiyang kacêkap utawi para sagêd sami andèrès. Namung angèngêtana bilih jaman êmbah rumiyin tumrap tiyang tani andèrès punika kangge lampah kaprihatosan, kangge anglèlèr badan, mangke yèn andèrèsipun sagêd amêdal lêgènipun kathah, punika anandhakakên manawi rijêkinipun kathah. Namung pamanggih makatên punika kalèntu, mênggah salêrêsipun tiyang andèrès punika botên gampil, kêdah ingkang okol-akal (nalar), tiyang andèrès punika badan kêdah rosa lan saras, kêdah mangrêtos dhatêng kêkarêmanipun wit ingkang kadèrès, botên kirang wit dipun dèrès suta sagêd mêdal lêgènipun kathah, sarêng dipun dèrèn naya dados suda mêdalipun, têrkadhang malah dados pêt botên mêdal babarpisan, jalaran punika saking tanganan, wontên ingkang andèrès sagêd mêdal punika tiyang ingkang sugih kringêt, namung sayêktosipun tiyang andèrès punika kêdah ngyêktosi pakarêmaning wit.

Tiyang badhe wiwit dèrès punika, naminipun ambakali, [a...]

--- 1141 ---

[...mbakali,] wit kalapa ingkang badhe kadèrès kêdah dipun rêsiki tapas utawi bongkot mancungipun ingkang garing-garing, tataranipun kêdah ingkang kêrêp utawi radi lêbêt, lajêng angêgarna manggaripun ingkang cêkapan, lajêng kaurutan kantun ucêngipun, mancungipun lajêng dipun tangsuli mawi tangsul iratan, awis kêrêping tangsul lêt satunggal satêngah dim, untingan wau namanipun wala, wala lajêng kaêrut mangandhap angontèl pisang, manawi sampun wayu sadintên kalih dintên lajêng kadèrès. Bumbung ingkang kangge andèrès punika milih dêling ingkang panjang rosipun, bumbungipun ing nginggil kasukanana tampar kangge canthelan. Tiyang andèrès kêdah sabuk tampar kasukanan bangkol, patrapipun bangkol wontên ing bangkekan wingking, bumbung lajêng kacanthèlakên ing bangkol, sadèrèngipun bumbung kedah kasukanan apu (kapur) sakêdik, kamurwat kalihan wêdaling lêgènipun. Apu ingkang kangge andèrès punika, kêdah dipun sukani laru (campuran) kayu lêgi, utawi kulit manggis, sampang lan sanèsipun. Jalaran manawi kêkathahên apu dadosipun gêndhis mêndho.

[Grafik]

Wit kalapa ingkang wanci kadèrès.

Arit (bêndho) ingkang kangge ngiris wala naminipun dèrès, dèrès punika kêdah namung maligi kangge ngiris wala, botên kenging kaangge ngiris barang sanèsipun wala, pangirisipun wala kêdah mubêng dhapur parawolon, manawi sampun lajêng kaancêpi bumbung, cangkêming bumbung katutup ing tapas, supados botên kalêbêtan tawon utawi kewan alit-alit, tikus, cêcak lan sanès-sanèsipun. Sadintên sadalu kapènèk kaping kalih, minggah mandhap tamtu ambêkta bumbung, wala ingkang badhe kasantunan bumbung kêdah kairis malih, pangirisipun namung watawis samilimètêr, tiyang andèrès kêdah pratitis dhatêng wêdaling lêgèn, jalaran wit kalapa punika wontên ingkang wala kaêgarakên ênèm kirang mêdal lajêng kaêgarakên sêpuh dêrês wêdalipun, sanadyan pangirising wala inggih makatên, wontên ingkang nêdha pajêg, wontên ingkang tigasan pancing.

Tiyang andèrès punika kêdah ingkang ajêg, enjing sontên mêsthi dipun pènèk, samôngsa lêt anggènipun mènèk botên kok wêdalipun wau tikêl, malah dados sudanipun, tur lêgènipun dados baul, lêgèn baul punika raosipun kêcut, upami dipun damêl gêndhis dados gulali, lêgèn baul punika namung kangge cokak.

Siswamiharja, Pundhong.

--- 1142 ---

Waosan Lare

Trêsna ing Wong Tuwa

VII

Sêtya kêtêmu adhine.

[Dhandhanggula]

wong sing ngrungu angguyu ing batin / ora ngira panjaluke Sêtya / dene mung mangkono bae / iya banjur diturut / ora suwe ana wong ngirid / uwong wedok wis tuwa / mripate ngêmbêng luh / sauwise cêdhak Sêtya / ora kêna diampêt banjur anangis / Sêtya kêrasa-rasa //

Sêtya nuli clathu alon lirih / sampun êmbok prêlune punapa / anangisi tanpa gawe / tiyang wontên ing mungsuh / anangise botên dayani / mindhak malah mêmirang / tiwas damêl guyu / luwung biyung apasraha / ingkang têrus ing galih sampun abêkti / dhatêng raosing trêsna //

awit kula lan pun biyung pêsthi / pêpisahan botên sagêd selak / milanipun ing samangke / prayogi dipun pupus / Sêtya nuli ambrabak nangis / biyunge saya-saya / nangis sênggruk-sênggruk / karo clathu mêgap-mêgap / o ya ta lah ênggèr Sêtya kowe kuwi / trêsnamu saya cêtha //

ora ilang anggonku angindhik / wiwit jabang tumêkaning tuwa / ajêg trêsnamu saprene / iku jênêng bêgjaku / duwe anak bisa bêktèni / nanging kapriye Sêtya / gonku lila têrus / awit ngatasing wong tuwa / anak iku ora ana gêdhe cilik / mung ajêg krasa padha //

wiwit biyèn tumêka saiki / kaya isih ajêg dadi bocah / durung ketok mundhak gêdhe / Sêtya nuli calathu / sampun êmbok sampun pun galih / mindhak saya kêrasa / lan kula saèstu / saya èngêt ing wong tuwa / pikantuke mung badhe ngêndhêg-êndhêgi / tekading manah kula //

lah punapa prêlune ing galih / angèngêti kasêtyaning anak / o punika sayêktose / mung wajib namanipun / yèn ta kula angrumaosi / malês dhatêng wong tuwa / nama sèwu luput / dene kados tiyang utang / tur yèn nyata kapetang makatên ugi / mindhak damêl rumasa //

badhe nyuda kasêtyaning ati / dening anak agadhah rumasa / sagêd nguwalkên utange / môngka mênggahing biyung / kawalêsa dumugi pati / môngsa badhe êsaha / dados lêrêsipun / sêtyaning anak punika / petangipun namung manjing pangabêkti / malês sihing wong tuwa //

ora suwe ana wong marani / Sêtya banjur enggal-enggal nyapa / hèh Jalêmbung ngapa mrene / kowe kuwi mungsuhku / dene nganggo nglabuhi nangis / Jalêmbung nuli kôndha / balêkak-balêkuk / wêruhanmu anu Sêtya / kowe kuwi jênêng wong nêmu bilahi / sing ora ngira-ngira //

ing mêsthine kowe ora ngrêti / yèn anggonmu nêmoni sangsara / ditawan sadulur dhewe / mandhêg Sêtya cêlathu / lo kapriye kandhamu kuwi / atiku durung padhang / kôndhaa sing urut / Jalêmbung nuli carita / karo ngucêk-ngucêk mata mrêbês-mili /

--- 1143 ---

lirih ananging cêtha //

ing dhisike aku ora ngrêti / nalikane awakku dibandhang / dadi wong kaya mangkene / kulina gawe rusuh / ing batinku lumuh nglakoni / nanging kapriye Sêtya / sapira kuwatku / yèn arêp nyulayanana / lan karêping wong akèh kang golong siji / mêsthi bakal sangsara //

barêng aku wis kulina bêcik / karo uwong panggêdhening brandhal / jêbule adhimu dhewe / aku wis kêrêp tutur / bêcik ayo padha marèni / nanging adhimu Sêtya / sajak ora gugu / manawa saka rumasa / kasampiran panguwasane saiki / anggêdhèkke kamurkan //

nuli ana wong anom marani / kaduk brêgas brêngose nylakênthang / nyongat kaya patil lele / ing kono si Jalêmbung / banjur lunga karo anjawil / Sêtya ngrêti sasmita / atine krasa pyur / tanpa kêdhèp gone nyawang / panitike suwe-suwe ora pangling / yèn adhine Si Tekad //

barêng cêdhak wong mau nakoni / priye iki dene pijêr crita / ora ana wis-uwise / Sêtya rumasa ewuh / gone arêp wiwit mangsuli / wusana banjur nekad / amangsuli sêru / hèh kowe prêduli apa / kuwasamu bok iya aja ngregoni / bêktiku nyang wong tuwa //

ing patute kowe iku mêsthi / uwong anom kang lali wong tuwa / kêtutup kadrajatane / dadi mangkono mau / bisa gawe pêtênging ati / yèn ta èlinga mokal / tega anyênyaru / wong kang arêp nêmu siksa / anêmoni biyunge sing dadi ati / kang kêtêmu wêkasan //

yèn ta kowe karasa ing ati / ing rasane biyung iba-iba / arêp kelangan anake / wis dilalah dhèk mau / uwong anom sing têka kuwi / atine nuli krasa / eling marang biyung / cat-catan wis lawas pisah / karo manèh babarpisan uwis pangling / mung thukul ing pangrasa //

uwong anom banjur clathu lirih / ing mêsthine aku ya rumasa / lan ngêrês angrasakake / Sêtya nyêla calathu / yèn ta kowe angrumasani / atimu milu krasa / sèwu ing pitulung / awit yèn kowe lalia / ing rasane trêsna nyang biyung ngèmpêri / jênênge ora mokal //

awit gonmu pisah wiwit cilik / nadyan eling mêsthine cat-catan / rak ngono ta sabênêre / wong anom brêbêl êluh / ing batine saya ngèlingi / si Sêtya nyundhul kôndha / kabèh aku wêruh / kowe iku rak Si Tekad / hèh wong anom kowe elinga tumuli / dêlêngên iki sapa //

lah wêruha uwong wedok iki / sing wujude abangêt mêmêlas / kuwi rak biyungmu dhewe / aku iki kakangmu / ngono kuwi yèn koakoni / dene yèn kowe mêksa / lali sakarêpmu / lah ing kono sanalika / uwong mau banjur mara anyêdhaki / lan banjur asêsambat //

kêbangêtên biyung aku iki / nganti lali mênyang ing wong tuwa / karo mênyang kakang kowe / bok rôndha sênggruk-sênggruk / saka durung patia ngrêti / Sêtya tumuli kôndha / gulo kuwi biyung / harak anakmu Si Tekad / bok warôndha banjur nangis jêrit-jêrit / nyang ati ngêrês krasa //

--- 1144 ---

Rêmbagipun Sêmar, Garèng Lan Petruk

Bab wêwatêkaning satriya

VII

Sêmar : Ing saiki aku tak nutugake rêmbugku ing ngarêp, bab wêwatêkaning satriya, dene wêwatêkaing satriya kang ôngka 7, dadi kang pungkasan dhewe, yaiku: kudu omah-omah sing gêdhe.

Petruk : Kuwi aku pancèn mathuk têmênan, awit saka ujare para ahli kuwarasan, omah kuwi anggêr saya gêdhe, iya saya agawe kuwarasan, awit ambêgan banjur kobèt, tandhane yèn aku andhèrèk Bandara Arjuna nyang Ngastina, la kuwi sing tak sênêngi manggon ana pandhapa, banjur klekaran, ing sarèhning pandhapane jêmbar, wêtuning ambêganaku iya ora numbuk-numbuk utawa ora suk-sukan, ananging banjur bisa plêsir dhisik nyang pandhapa, nuli kluyuran mênyang nglatar, banjur blas mumbul ing awang-awang awor mega putih.

[Grafik]

Garèng : We, lha, wong mêndêm gadhung têmênan, ngandhakake ambêgan têka dicara kayadene ngandhakake barang sing ana nyawane. Karêpe ngono arêp ngandhakake prakara kuwarasan, bab kobèting pamanggoning uwong, têka banjur ngandhakake kobèting hawa nganti têkan mega barang. Kuwi rak jênênge wong umuk ora nganggo watês. Mungguh satriya kudu omah-omah sing gêdhe kuwi karêpe kira-kiraku mangkene: prêlune ngalingi anggone sugih prabotan, aja nganti barang-barange pating bêthêthêk ora tata, karo manèh prêlu kanggo ngromahi yèn ana gawe-parigawe, katêkan dhayoh akèh bisa kobèt, nèk arêp tayuban, arêpa nylindir sakêmênge, iya isih ombèr bae. Beda karo kahanane jaman saiki, omah rupêk-rupêk, ngarêpane mung cukup didokoki kursi papat meja siji, yèn kadhayohan rada kaladuk bae, banjur bingung golèk panggonan, nèk tumrap wong sing pancèn ora kêconggah nyewa omah sing gêdhe, kuwi ora prêlu dirêmbug manèh, balik sing bisa, ananging mêksa manggon omah sing rupêk, la kuwi rak nelakake bangêt, yèn bêbudène wong Jawa, kang wis misuwur ing saindênging jagad, jalaran saka bêcike, yaiku: anggone dhêmên lan migatèkake bangêt nyang dhayoh, wis ilang.

Petruk : Lha wong kowe, Rèng, Rèng, anggonmu ora wêruh nyang lakuning jaman têka kêbangêrên, jaman saiki kiyi kabèh-kabèh rak kudu sarwa pangiritan, la nèk jaman saiki uripe dicara jaman kuna, sarana mrêlok-mrêlokake bangêt karo dhayoh, we, la, sida nyêkêl bathok turut èmpèr omah têmênan. Mulane [Mula...]

--- 1145 ---

[...ne] aku dhewe, jalaran saka kapêksa manut ing jaman mau, anggonku omah-omah iya kanthi ngirit-irit, iya kuwi paturon ngiras panulisan, ngiras kamar dhahar, nyandhing bêdhiyan lan anggodhog wedang, tur kabèh kêna disambi karo klekaran.

Sêmar : Wis, wis, aja kok bacutake rêmbugmu, yèn dirungokake ing wong liya, mundhak ngisin-isinake bae. Awit omongmu karo-karone padha bênêr kabèh, omah rumpêk jalaran nêdya ngudi marang pangiritan, iya bênêr, mung bae aja nganti kaladuk kaya dene omonge Petruk mau, awit kang mangkono kuwi rak ora jênêng omah-omah, ananging nusuh. Dene omah-omah gêdhe jalaran arêp ngudi mênyang kuwarasan, kuwi iya mathuk, arêp ngudi mênyang pakolèhing pasrawungan iya mathis. Ananging satriya kudu omah-omah sing gêdhe, kuwi karêpe ora kok satriya kudu banjur manggon ana ing omah kang gêdhe wujude, o kuwi ora pisan-pisan, ananging karêpe: satriya kudu kêdunungan ati jêmbar, bisa nampani sarupaning rêmbug, ora bakal kakurangan papan.

Petruk : Mêngko dhisik, Ma, aku arêp nyêlani atur, bab kiyi ora prêlu kok dhawuhake manèh, sabab kêrêp bae aku sak sore nganti diulêmi kêndurèn wong sapuluh, wong samono kèhe mau, rêmbuge dak tampani kabèh, ora ana sing dak tolak, awit ing wêtêngku kene masa bakala kakurangan papan...

Sêmar : Lho, kok banjur nyandhak bab badhogan mêngkono. Bisa nampani sarupaning rêmbug, kuwi dudu rêmbug diajak kêndurèn, nanging têgêse: sanadyan dijak rêmbugan ing bab kawruh apa bae, bisa nampani, ora liya jalaran saka jêmbare kawruhe, dene karêpe: ora bakal kakurangan papan, kuwi ora kok wêtênge bisa kalêbon badhogan rupa-rupa, ananging jalaran saka sugihing kawruh, diajak caturan apa bae, mêksa ora kakurangan papan, yaiku tansah bisa anjawab bae. Cêkake dadi ora ana sêsake, lan sapa sing bisa nglakoni mangkono mêsthi didohi ing godhaning ati, wêkasan bisa mêpêrake mênyang kamurkan.

Petruk : Ma, yèn prakara kamurkan kuwi anggonku nyingkirake wis suwe bangêt, têgese nglumuhi para padu, coba andangua Kang Garèng, dhèk apa aku tau mangsuli unine wong nagih utang mênyang putramu kiyi, sosoting uwong mlêbu saka kuping têngên dak wêtokake kuping kiwa, malah wis tau aku digêbugi wong akèh prakara didakwa kanggonan ikêting tôngga, jalaran kêsampèl lèmbèhanku, iya tak pilalah mlayu, coba apa ana wong sabar kaya aku kiyi.

Sêmar : Lah ya wong kowe, Petruk, ya wis bênêre duwe tekad sing kaya mangkono. Sabab dhèk kapan anggonmu wêruh marang pangajaran utawa tata-kramaning satriya. Mula ya wus bêgjaku, dene duwe anak lanang lêngkung-lêngkung kaya kaluwung, têka mung dadi gêguyon, o, ya puluh-puluh kapriye manèh. Mangkene, ya, gèr, pancèn [pancè...]

--- 1146 ---

[...n] ya angèl têmênan wong sing arêp kanggonan watak satriya kaya kang wus dak antarake kuwe, kurang-kurang bêgjane, malah dadi cacading uripe. Ora liwat rèhning aku lan kowe kuwi, bangsaning anthapan, cêkak budine, cêpak mèlike sing sapele, amung anggêre ora bangêt-bangêt uripe dadi pocapaning liyan, iya wis jênêng madya. Wis thole ayo padha bubaran ngaso.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès

Wontên pawartos, mantri kewan ing Kêbumèn tuwin Karanganyar sami kautus ing pamarentah dhatêng Kalkutah, prêlu tumbas babon menda gibas, badhe dipun branahakên wontên tanah Jawi.

Ing bawah Klirong, Karanganyar, Kêdhu, wontên tiyang gadhah anak mêdal tiga, nanging biyungipun tiwas jalaran sakit sanès, lare-larenipun taksih sami wilujêng, dipun upakara wontên ing griya sakit Kêbumèn.

Benjing tanggal 29 wulan punika dumugi 4 Sèptèmbêr, pakêmpalan Mardiharja ing Wanasaba badhe ngawontênakên tèntunsêtèling ing bab têtanèn, ngupakara kewan, katabêrèn tuwin sanès-sanèsipun, ugi mawi dipun dèkèki pêkên dalu, saking pambiyantunipun B.O. T.H.H.K. tuwin I.E.V. bêbathènipun rêsik badhe dipun bage dhatêng pakêmpalan-pakêmpalan wau.

Awit saking dhawuhipun pamarentah, ingkang bupati Garut supados têtêp ngasta pakaryan kalih taun malih, saha dipun êbang benjing badhe dipun gêntosi ing putra.

Up pos komis ing Mareuke nyalingkuhakên arta kathahipun f 11.987.69 tuwin lajêng kesah.

Wontên pawartos kèndêlipun Tuwan Meyer pangagênging Gemeen schappelijke Mijnbouw Mij. Asuka darma dhatêng pon têtiyang siti ing Biliton kathahipun f 250.000, kajênging pon wau angajêngakên wigatos-wigatosing ekonomi tuwin kasarasan. Pon wau adêgipun kala taun 1926, kala samantên kabudidayan wau inggih darma, kathahipun f 500.000. dene ingkang sampun pinanggih pigunanipun, ing ngriku ngawontênakên dhoktêr ingkang kajibahakên mriksa têtiyang salêbêtipun pulo ngriku, tuwin ngawontênakên klinik ing pundi-pundi. Lan ugi sampun ngêdêgakên pamulangan kriya têtiyang siti.

Wontên pawartos, konggrès ngulama saèstu badhe wontên ing Kadhiri, wontên salêbêting wulan Sèptèmbêr.

Amarêngi dhawahing dintên wiyosan dalêm taunan Sri Bagendha Ibu Sori Emah, kaping 2 Agustus. Komandhaning militèr ing Cimai angsal dhawuh kaparêngakên maringi sudan dhatêng para militèr ingkang taksih wontên paukuman.

Pamarentah tampi pawartos kawat saking rèsidhèn Kupang, miturut pawartos saking Gêsah Èbêr ing Mau More, ing Paluweg wontên rêdi ambalêdhos, andadosakên agênging ombak saha êrobing toya sagantên. Wontên baita 20 kèrêm, kathah tiyang pêjah tuwin kêtaton. Rèsidhèn bidhal nitih baita dhatêng panggenan kasangsaran kalihan ambêkta juru pamulasara tiyang sakit.

Wontên pawartos, bilih ing bawah Priyangan badhe dipun wontênakên griya pagadhean enggal kêkalih, satunggal ing Malangbong, satunggalipun ing Bayongbong.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 2131 ing Timuran (Sala). Pos wisêl f 3.- sampun tampi. Dados bayaran taun punika sampun sah. Matur nuwun.

Lêngganan nomêr: 2217 ing Bopêndhigul. Yatra f 3 punika tumrap wulan Juli dumugi Dhesèmbêr 1928.

Lêngganan nomêr: 2982 ing Sala. Pos wisêl f 1.50 sampun tampi.

Lêngganan nomêr: 1824 ing Selamaya (Wanasaba). Inggih sampun tartamtu kemawon petangipun botên cocog, jêr wiwit lêngganan wulan Pebruari, salajêngipun pambayaran ajêg: ngalih têngah rupiyah. Saupami kangge kwartal punika panjênêngan ngintunakên f 1. kemawon, inggih lajêng plêk. Ananging rèhning kintunan f 1.50 dados taksih wontên langkungipun f 0.50 kangge kwartal 4.

--- 1147 ---

Wêwaosan

Sêsupe agêmipun rajaputri ing Seba

62

XX. Karampunganing rad saha sasampunipun.

Sang putri mirêngakên aturipun Orme wau kanthi ambikak kudhungipun alon-alonan, ing ngriku kula sumêrêp rainipun ingkang salaminipun kula dèrèng nate nyipati, punika inggih gênah sangêt manawi wadananipun sang putri, nanging malih sangêt, wadananipun pucêt, jalaran saking kawontênan ingkang sampun dipun lampahi, tingalipun kêtingal murub kadosdene mawa, lathinipun dipun kawêtakên, wadananipun sang putri ingkang botên kula supèni, punika anggènipun sajak ambêbeda, nanging jalaran saking kêpêksa. Ing ngriku kula sagêd anggambar, bilih kala punika sang putri satunggiling wanita ingkang cidra, nanging anggènipun cidra wau kêtingal lingsêm.

Sakêdhap sang putri mandêng dhatêng Orme, ananging sanadyan Orme anggèning mandêng dhatêng wadananipun sang putri sangêt, ewadene botên kasumêrêpan anggèning sang putri cidra wau, kêtingalipun namung sajak nantang tuwin mêmoyok, sasampunipun sang putri lajêng ngagêm kudhungipun malih, saha lajêng gumujêng sora nanging cêkak, tuwin lajêng ambalik mriksani Pangeran Josua. Sakêdhap Olivier ngadêg kanthi kèndêl, salajêngipun tanganipun anggagapi panggenan ingkang limrahipun kangge simpên pistul, ananging pistulipun sampun botên wontên, amargi kapêndhêt ing tiyang, sasampunipun lajêng anggagapi kanthonganipun saha mêndhêt pil racun anggèn kula nyukani kala rumiyin, sarta lajêng badhe dipun untal.

Ananging kalanipun badhe nguntal pil wau, anak kula ingkang ngadêg jèjèr piyambakipun lajêng nyumêrêpi, kanthi rikat sangêt pil wau karêbat saha dipun idak-idak ngantos ajur mumur.

Olivier lajêng ngangkat tanganipun badhe dipun antêmakên anak kula, nanging sande saha lajêng dhawah sumaput, bokmanawi sang putri inggih nguningani bab sadaya wau, tandhanipun sang putri sariranipun katingal gumêtêr, saha astanipun nyandhak tangananing kursi kados ajrih manawi badhe dhawah, ananging lairipun ngêmungakên ngandika makatên:

Wong buda kae sumaput, amarga ora narima marang ganjaran kang wus tak paringake, undurna bae, lan supaya Dhoktêr Adams ngupakaraa dhèwèke. Yèn dhèwèke wis mari babarpisan, wong-wong buda kabèh mau kudu tundhungên saka Mur kene, kaya dhawuhku kang uwis, lan titipriksanên supaya lungane wong-wong mau aja nganti nêmoni apa-apa, utawa wèhana sangu pangan kang cukup bangêt, supaya aja nganti wong-wong andakwa aku kabèh, anggone wong-wong buda mau diuripi supaya mati ana jabaning nagara kene.

Sang putri lajêng nglawèkakên asta, nandhakakên bilih prakawis punika sampun rampung, salajêngipun sang putri jumênêng saha tindak saking kamar ngriku miyos kori pêngkêranipun, kanthi dipun dhèrèkakên para pangagênging pangadilan tuwin para upsir.

Salêbêtipun sang putri ngandika makatên wau, wontên têtiyang jagi sawatawis dhatêng ing ngriku, ingkang sami ngangkat Orme saha kadèkèkakên ing pikulan. Orme lajêng kapikul kabêkta mêdal saking kamar, saha kula sadaya sami ngêtutakên.

Têtiyang Abati sami awicantên: dêlêngên, lho kae wong buda kang duwe gagasan, yèn ing dhadhane arêp diênggoni kudhuping kêmbang rêgulo, ananging saiki kang diênggo êrine, dudu kêmbange. Apa cèlèng kuwi wis mati.

Makatên caranipun tiyang Abati anggènipun mêmoyok dhatêng kula sadaya.

Sasampunipun kula wangsul malih dhatêng pakunjaran kanthi wilujêng, kula ngrekadaya murih Olivier sagêd èngêt malih, kanthi rêkaos sangêt rekadaya kula wau inggih sagêd kalêksanan, piyambakipun lajêng ngêlèkakên mripat saha ningali ngiwa nêngên, salajêngipun wicantên kanthi sabar makatên: kowe kabèh rak padha ngrungu lan mêruhi, dadi ing kene ora prêlu dirêmbug lan ditêrang-têrangake manèh, mung siji panjalukku mênyang kowe kabèh, yaiku aja pisan ngandhakake karo aku prakara sang putri, lan aja pisan-pisan angluputake marang sang putri, bokmanawa ana sabab-sababe kang wigati anggone sang putri nindakake mangkono mau, kajaba iku pangajarane sang putri iku rak beda bangêt karo aku kabèh, lan pamanggihe mêsthine iya beda bangêt, mulane aja pisan-pisan aku kabèh ngala-ala marang sang putri, aku ngrumasani yèn tindakku iku kêliru, lan saka kliruning tindakku mau, aku wis diukum abot, ayo saiki padha mangan bae, sapa wêruh sapira lawase manèh anggonku bisa mangan kaya ngene iki.

Kanthi kèndêl-kèndêlan kula sadaya mirêngakên wicantênipun Orme wau, ananging kala punika kula sumêrêp bilih Roderick mèsêm, saha botên mangrêtos sababipun, dene piyambakipun wau mèsêm.

Sawêg kemawon kula sadaya rampung anggènipun nêdha, lajêng wontên upsir dhatêng, ingkang nyariyosi bilih kula sadaya sampun wancinipun bidhal. Prajurit kêkalih ingkang dados kanthinipun upsir wau,

--- 1148 ---

nguncali kula sadaya pangangge sabuntêl, tuwin mantol sakawan ingkang sae sangêt wujudipun, prêlunipun kangge anjagi manawi kasrêpên wontên ing margi, kula sadaya lajêng santun pangangge ingkang sampun gombalan punika, awit kajawi gombalan, ingkang dipun angge wau sampun botên wontên, saha lajêng ngangge sandhangan isining buntêlan wau.

Sasampunipun kula sadaya dandos kados panganggening bôngsa Abati ingkang pangkat luhur, lajêng kairid dhatêng papan, ingkang ing papan ngriku sampun dipun sadhiyani unta pintên-pintên, sarêng kula ningali kewan-kewanipun, sanalika punika kula sagêd sumêrêp, bilih unta wau ing saindênging nagari ingkang sae piyambak, lan rêginipun awis sangêt, malah unta ingkang dipun paringakên dhatêng Olivier punika unta kêkasihipun sang putri, ingkang dipun titihi sang putri kalanipun wontên pasamuan agêng-agêngan, minôngka gêgêntosipun kapal. Sanalika punika Orme ugi ningali dhatêng unta wau, jalaran saking kasaenanipun sang putri wau, Orme rumaos isin.

Upsir ingkang ngêtutakên lajêng wicantên: he, wong-wong buda, enggal priksanên barang-barang duwèkmu, supaya ing têmbe kowe aja bisa ngarani yèn barang-barangmu dicolong dening aku kabèh, iki lho bêdhil lan pistulmu utawa manèh turah-turahane mimismu, ananging iki mau bakal ditampakake mênyang kowe kabèh ana pungkasan sêla-sêlaning gunung, jalaran yèn ora mangkono, aku isih kuwatir yèn kowe isih mêmatèni uwong bae. Dene kang diêmot ana gêgêring unta-unta kuwi, pêthi-pêthi isi piranti panjêblugan, kang kêtêmu ana kutha sangisoring lêmah nalikane wis padha lunga, mungguh isine aku ora wêruh lan iya ora prêduli. Dene kae - lan piyambakipun nuding kewan sanèsipun malih - dimomoti opahanmu kang dikirimake dening sang nata, saka pamundhute sang nata ora kêna dietung, sadurunge kowe têkan ing Mêsir utawa têkan nagaramu dhewe, awit sang putri ora karsa mirêngake yèn kowe nganti ngrêsula jalaran saka kuranging opahan, dene kewan liya-liyane padha dimomoti panganmu, lan isih ana kewan loro liyane manèh. Wis tumuli nungganga lan minggata saka kene.

Kula sadaya lajêng sami nyemplo dhatêng lapaking unta ingkang sami anjêrum, lapak wau mawi dipun baludir edi sangêt. Sawatawis mênit malih kula sadaya bidhal mêdal kitha Mur angênêr dhatêng sêla-sêlaning parêdèn, kanthi kairid dening grombolaning prajurit ingkang kiyat sangêt, saha tiyang pintên-pintên ingkang sami bêngok-bêngok, têtiyang wau kaping kalih ngancam dhatêng kula sadaya, nanging lajêng dipun undurakên dening prajurit ingkang ngênêrakên kula sadaya wau.

Kanthi anggragap manahipun, Higgs bisik-bisik dhatêng kula makatên: he, dhoktêr, apa kowe sumurup yèn barang-barang sing digawa iki, kang ajine akèh bangêt, saka pasareaning para nata kae, nalikane aku ngêpaki barang-barang ana growongan sangisoring lêmah kae, aku anduwèni gagasan, yèn aku satêngah gêndhêng jalaran saka nalangsaku, ananging saikine aku yakin, yèn nalika samana pikiranku nuju bêning bangêt, saupama panggawaku barang-barang iki bisa slamêt, aku ora gêtun dene aku mèh bae dipakakake macan, utawa mèh mati kalirên, ayo padha dirikatake lakune, awit yèn ora mangkono, bisa uga mêngko dijaluk bali manèh, têka ora mèmpêr yèn kaanan sing kaya mangkene iki têmênan.

Kala punika Higgs dipun sawat dening lare ngangge tigan cukan kenging irungipun, sarêng ngèngingi kaca mripat, tigan wau pêcah andalèwèri cangkêmipun, rainipun Higgs kêtingal anggumujêngakên, sanadyan kala punika kula wontên salêbêting kasusahan kêpêksa lajêng gumujêng latah. Jalaran saking gujêng kula wau, sagêd adamêl lêganing manah, kadosdene piyaking mêndhung ingkang mêtêngi dhatêng kula.

Lampah kula dhatêng sêlaning parêdèn, anglangkungi gapura kathah, ingkang dipun bikak saha dipun tutup sasampunipun kula langkung. Sawêg kemawon kula mêdal saking gapura ingkang wêkasan, têtiyang Abati lajêng sami wangsul, bokmanawi jalaran ajrih dhatêng têtiyang Fung utawi ajrih bokmanawi botên sagêd anjênêngi pasamuan kraman wau, inggih punika sasampunipun misuh-misuhi dhatêng kula sadaya minôngka suka tôndha pêpisahan, saha kula sadaya lajêng dipun culakên sapurug-purug.

Sasampunipun unta-unta wau dipun tangsuli urut-urutan, kula sadaya lajêng anglajêngakên lampah, ing batos sami sukur ing Pangeran, dene sampun linuwaran saking têtiyang Abati, ingkang salami-laminipun kula sadaya botên kapengin badhe sumêrêp rainipun, saha salaminipun botên badhe kapengin mirêng suwaranipun.

Lampahipun lajêng dumugi ing panggenan ingkang kala ruimiyin kangge pêpanggihan kalihan Sultan Barung, lan ugi panggenan nalika Pangeran Josua dipun dhawahakên saking kapal dening sêrsan Quick. Wontên ing ngriku kula sadaya kèndêl sakêdhap, prêlunipun badhe nata lampah saha sikêp dêdamêl sanjata, pistul tuwin mimis ingkang dumuginipun kala punika botên dipun mèk babarpisan.

Ing prênah têngên kula kitha Harmac, ingkang saking sawangan kula dipun tilar ing têtiyangipun babarpisan, kithanipun suwung lan tanêmanipun gandum dèrèng dipun ênèni, kêtingalipun têtiyang Fung kala punika kesah saking nagarinipun sadaya.

(Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]