Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-09, #1643

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1928, #1643
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-01, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #373.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-02, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #374.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-03, #1643 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #375.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-04, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #376.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-05, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #377.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-06, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #378.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-07, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #379.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-08, #1643 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #380.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-09, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #381.
10.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-10, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #382.
11.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-11, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #383.
12.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-12, #1643 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #384.

Ôngka 69-70, 15 Mulud Taun Alip 1859, 1 Sèptèmbêr 1928, Taun III.

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1212] ---

[Grafik]

Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VII, R.O.N.L. Kolonèl Komandhan Lesiyun, ing Surakarta.

--- [1213] ---

Ôngka 69-70, 15 Mulud Taun Alip 1859, 1 Sèptèmbêr 1928, Taun III.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VII.

[Grafik]

Ing tanggal 3 wulan Sèptèmbêr taun punika, jumênêng dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VII jangkêp 12½ taun, mila wêdalipun Kajawèn ing dintên punika dipun kanthèni gambar dalêm kanjêng gusti, minôngka pèngêtan.

Botên langkung Kajawèn ugi mêmuji dhatêng kasugêngan dalêm Kanjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VII sagarwa putra, lêstantun linuhurna ing Pangeran.

Dene ing nginggil punika gambar dalêm kanjêng gusti mangagêm cara militèr, nitih titihan wontên plataraning pura Mangkunagaran.

--- 1214 ---

Raos Jawi

Wedhatama.

Sami-sami sêrat Jawi ingkang golongan ngèlmi, Sêrat Wedhatama punika kalêbêt sêrat ingkang nyarambahi sangêt, kajawi suraosipun amêngku kajêng lêbêt, sagêd anocogi dhatêng raos Jawi, ikêtaning ukara wontên ing sêkar inggih sae, mila kathah ingkang sami rêmên, malah dipun apalakên.

Nanging mênggah ing sayêktosipun, suraosing Sêrat Wedhatama punika araos lêbêt, ingkang botên gampil dipun gagapi, mila sok lajêng damêl rangu-ranguning manah, dening ngrumaosi bilih suraos ingkang sampun gumêlar wau kêdah taksih dipun gêlar malih, kajêngipun kêdah dipun têrangakên, lajêng sintên ingkang badhe kaparêng nêrang-nêrangakên dhatêng suraosing sêrat ingkang gawat kados makatên.

Ing sarèhning kula kapengin sangêt sumêrêp dhatêng raosing Sêrat Wedhatama, môngka sêpên pitakenan, manah kula lajêng kula arêm-arêmi piyambak, badhe kula gagapi piyambak, ing sagadug-gadugipun, awit tinimbang namung kandhêg wontên ing batos, luwung kula lairakên pisan, lêrês lêpatipun namung gumantung wontên pangraosipun ingkang ngraosakên piyambak-piyambak, dene ingkang nama lêrês yêktos, punika pancèn ingkang dipun padosi. Kados ta:

[Pangkur]

Mingkar-mungkuring angkara / akarana karênan mardi siwi / sinawung rêsmining kidung / sinuba sinukarta / mrih krêtarta pakartining ngèlmu ukur / kang tumrap nèng tanah Jawa / agama agêming aji //

Jinêjêr nèng Wedhatama / mrih tan kêmba kêmbênganing pambudi / môngka nadyan tuwa pikun / yèn tan mikani rasa / yêkti sêpi asêpa lir sêpah samun / samangsane pakumpulan / gonyak-ganyuk nglêlingsêmi //

Ukara ing kalih pada sêkar punika, anggèn kula anjarwani makatên:

Saking kaparêngipun ingkang kagungan karangan, amêngkêrakên angkaraning panggalih, awit sangêt kêsêngsêm mardi putra, ingkang rarasing piwulang sinawung ing sêkar tuwin rinêngga-rêngga, murih putus dhatêng tumindaking ngèlmu ukur //

Sawênèh wontên ingkang mastani lêrêsipun ngêlmu luhung utawi luhur. Luhung utawi luhur punika kajêngipun kados sami kemawon, atêgês, ngèlmu linangkung, ingkang lêbêt-lêbêt. Dene wontênipun: ngèlmu ukur, bokmanawi gadhah kajêng, pangudinipun dhatêng ngèlmu wau murih nindakakên kalêrêsaning budi kanthi dugi prayogi, têpa palupi, tuwin sanès-sanèsipun, wosipun sampun ngantos tumindak grusa-grusu.

Kang tumrap nèng tanah Jawa, agama agêming aji. Ngèlmu ingkang dipun gêlarakên ing Sêrat Wedhatama punika ngèlmi ing tanah Jawi, têgêsipun dede ngèlmi saking ngamônca tuwin botên babagan agami.

--- 1215 ---

Agama agêming aji. Mirid ukara punika, wontên têtêmbunganipun agama, nanging kajêngipun botên kados sacaraning agama makatên, botên manawi têgês anggon-anggon, dados kajêngipun ngèlmi agêm-agêmaning nata Jawi.

Kajênging suraos ingkang kados makatên punika kados sampun mathis sangêt, manawi dipun têgêsi ngèlmu gêgêbênganing ratu, awit namung ratu ingkang wajib kanggenan. Nanging sarèhning ing ngriku gumêlar dados piwulang, tamtunipun sagêd lumèbèr dhatêng putra wayah utawi dhatêng sintêna kemawon, lan sintên ingkang kuwawi kanggenan, punika nandhakakên kuwawi kanggenan ngèlmuning ratu, mila botên gampil kasêmbadanipun.

Jinêjêr nèng Wedhatama, mrih tan kêmba kêmbênganing pambudi. Mila dipun gêlar wontên ing Wedhatama, ingkang têgêsipun pêpakêm linangkung, prêlunipun supados botên damêl kêmbaning raosipun angudi kawruh.

Môngka nadyan tuwa pikun, yèn tan mikani rasa, yêkti sêpi asêpa lir sêpah samun, samangsane pakumpulan, gonyak-ganyuk nglêlingsêmi. Tiyang punika sanadyan sampun sêpuh kaki-kaki pisan, nanging manawi botên sumêrêp ing raos, inggih punika raosing tatakrama sapanunggilanipun, dene wosing kajêngipun raosing ngèlmu, punika manawi nuju wontên pakêmpalaning akathah, manawi sêsrawungan rêmbag adhakan botên sagêd gathuk, wontênipun namung sêpa tanpa damêl sêngsêming manah.

Sayêktosipun tiyang rêrêmbagan punika botên gampil, botên dumèh sagêd mungêl, nanging manawi ginêmipun botên urut utawi nyêbal, tamtu dados gêgujêngan. Môngka mênggahing sajatosipun, tiyang sagêd rêmbagan ingkang lêrês punika awis-awis, dados basa ing ngriki gadhah têgês jêmbar sangêt, inggih dhatêng bab punapa kemawon ingkang wosipun raos lêrês mênggahing tiyang.

Arga

Raos Luhur ing Panarimah

[Dhandhanggula]

Surêming rat kongsi tanpa manis / kang tumitih sarasaning ina / lir misesa wasesane / ing jagad katon têdhuh / tan umiyat asrining bumi / rarasing antariksa / kang asri dinulu / riningkês tanpa kaanan / kang pakolih raras rasa mikantuki / tumusirèng sawangan //

Mung pêpêtêng anggung manaputi / kadi tidhêm tandhaning bawana / satêmah dadya tumuse / tuwuhing cipta nglangut / katamaning duka mênuhi / mangkana pindhanira / janma kawlasayun / ingkang rasane pinêtha / kadi ingkang pinêtha gambaring warni / winahya rasanira //

ariningsun jarwanana yêkti / paran kaananing jagad raya / kadi kang winartakake / warnaning abang biru / lan rêsmine isining bumi / kang eloke kaliwat / ingsun arsa ngrungu / murih bangkit ambengkasa / sarasaning ati kang mawèh prihatin / salami-laminira //

kang liningan mengo amiyarsi / kêmbêng-kêmbêng katone ing netra / têmah linut ing tangise/ [tangi...]

--- 1216 ---

[...se/] muwus asênggruk-sênggruk / dhuh bak ayu wruhananta ugi /Lebih satu suku kata: dhuh bak ayu wruhanta ugi. yêkti datan prabeda / lawan jênêng ingsun / paran ta ingkang ingaran / srining raras ingsun uga tan mikani / mung pêtêng ananira //

[Grafik]

Têtiyang wuta ing pamulangan wuta ing Bandhung nuju sami nêdha.

dadya datan pae ingsun ngudi / kadiparan rasaning pêpadhang / amrih dadya pamberate / rasa supêking kalbu / kang salami anggung nutupi / satamating pamêca / nuli nguspi luh /Kurang satu suku kata: nuli ngusapi luh. mangkana kang prênah tuwa / grayah-grayah pan sarwi angucap ririh / angêngimur duhkita //

dhuh riningsun sira ywa prihatin / umèngêta adiling Pangeran / kang sipate luwih gêdhe / mungguh sira lan ingsun / nadyan samya tinitah ugi / tan wêruh ing pêpadhang / nanging jatinipun / maksih ginantungan rasa / kang tan pae rasane sasami-sami / kang uga mawèh rahmat //

saupama rasaning pamyarsi / maksih darbe rasa datan owah / sanggyèng swara saanane / ingkang ririh myang asru / kang ngrêrangin ambarêbêgi / swaraning kang kukila / kang ngocèh ing bangun / anrus mawèh rarasing tyas / atanapi swaraning gôngsa ngrêrangin / numusi tyas mirasa //

nanging sira yêkti kudu eling / lamun sanggyèng rasa kanikmatan / pasthi ana sisihane / rasa kang mawèh giyuh / kang angoyag têntrêming ati / iku anggung anggodha / ing salaminipun / sumarma kalamun bisa / anyilahkên rasa panggodhaning ati / têtêp tibèng nugraha //

sira yêkti bangkit anggagapi / tumanduking rasa kanikmatan / kang gumadhuh salamine / tan wruh ewuh-pakewuh / kang tuwumuh anggung nakêti / dadya inaning netra / datan pisan butuh / mring raras rêsmining donya / lamun bangkit prênah sucining pamyarsi / yogya samya rinasa //

sira darbe panggônda linuwih / datan kewran gônda saniskara / malah munjuli landhêpe / dening mêlêng tumanduk / tan kêgodha padhanging bumi / sira bangkit anggônda / sanggyèng arum-arum / lan uga gampang kêtaman / sarasaning gônda kang wèh nêging ati / sirèku kudu wikan //

sira darbe rasaning pangicip / kang dumunung nèng pucuking ilat / myang pangucap apadene / ingkang bangkit anggilut / sambadaning sabarang kardi / miwah darbe pangrasa / ing angga sakojur / krasa kêsorot ing surya / kang wèh daya kawarasan anyêgêri / mring saranduning angga //

yèn ta sira ngrasaa sayêkti / kabèh [ka...]

--- 1217 ---

[...bèh] iku dadya srananira / ing pêpêtêng pambengkase / sira wênang anggilut / sanggyanira ingkang tumitip / mangkana kang liningan / suka manthuk-manthuk / dadi adiling Suksmana / ing salami sumêbar anggung ngênani / tumusing kanikmatan //

lamun nyata ingsun anêmêni / lawan tata têturutanira / yêkti têtêp pakantuke / dadi jatine ingsun / lawan sira uga darbèni / luhuring panarima / kang wajib ginilut / lamun yêkti mangkonoa / kang sayogya sira lan ingsun saiki / ngudi widadanira //

pan ing mangkya ciptanirèng kalih / nulya ngambah antuk panarima / linakonan salamine / sanadyan datan wêruh / rasanira padhanging bumi / nanging darbe pêpadhang/ nèng têlênging kalbu / kang pakolih linakonan / têmah antuk panrima salami-lami / anggung brêkahing Suksma //

Wulang Sae

Dugi Prayogi.

[Pangkur]

datan mungkur kautaman / mrih utama gèn ulun nambut kari /kardi. ing tênbetêmbê. manggya rahayu / ayuning gêsang amba / sun sranani kanthi titi awas emut / emut nyêgah tindak murka / kang karya nisthaning dhiri //

mangkana èngêt kawula / rèhning amba amung makarya glidhik / ngulandara sampun dangu / laminya tan pantara / yèn mung tansah anguja hawa lan nêpsu / têmahan tumibèng papa / pêpariman ingkang pasthi //

rikalaning nandhang papa / siyang ratri nguja ardaning kapti / madat main madon minum / datan angeman arta / ingkang môngka sawulane bayar ulun / amung blônja datan mingsra / wani nyambut sèkêt ringgit //

tur nyambut mawi sarêman / gangsal taun dèrèng pundhat nyauri / amargi anakanipun / saya dangu pêputra / ibu êsah putranipun wus sunu /Kurang satu suku kata: ibu êsah putranipun wus sesunu. sabên wulan ngintun putra / wayah dèrèng dèn sarêmi //

punika margining nistha / anggèn kula kalantur dahat mêskin / kasêrot ing lintah kadut / kalihan janma potang / ingkang mawi anakan sawulanipun / tigang rupiyah sacôndra / kongsi têlas daging mami //

ngantos kêra raganingwang / angêrangkuk iga gambangan garing / anggêrong cahyamba payus / payah gèn kula gagas / gagas bayar tan cukup kinarya nyaur / têmahan dados bêbaya / ubayane balenjani //

mahanani pasulayan / purwanipun gèn kula cidrèng janji / ngetan ngulon ngalor ngidul / tansah dèn kuya-kuya / sabên ari datan pêgat ulat kusut / margi labuh main madat / madon minum tanpa dugi //

mung katungkul nguja hawa / wasananya tan wikan kang wèh langip / miwah tan wrin marang rikuh / duk anglakoni murka / tanpa gagas ing têmbe têmahanipun / pêpuntoning benjang sêpah / mung nguja karsa pribadi //

marmanta tumibèng papa / anuruti ginunggung samèng janmi / nging samangke lajêng emut / tan nêdya lampah murka / èngêt lamun kamurkan tindak kang saru / kantun amba têmên tama / tumêmên anambut kardi //

dangu-dangu kula ngrasa / ing agêsang yèn sêpên tri prakawis / sêmat drajat kramadipun / sayêkti tibèng papa / purwanipun ulun gya gêmi satuhu / sagêd anyaur sambutan / lajêng têntrêm manah mami //

--- 1218 ---

ri sampuning utang pundhat / ing samangke dahat angati-ati / upami kaya satangsul / sabenggol cinelengan / botên pisan badhe nyambut lintah kadut / ingkang anggung nyêrot êrah / tinggi kang sring sun sambati //

[Grafik]

Tiyang ingkang koncatan dugi prayogi, kajawi tansah nindakakên kaborosan, ugi adhakan manggih garêjêg.

dèrèng sawatawis lama / sarêng pisang saking kinroyok tinggi / gya alêma ginuk-ginuk / saking têntrêming manah / margi sampun sagêd mêpêr hawa nêpsu / miwah nêpak dur angkara / kang nukulkên manah juti //

antawisira dwi warsa / kang celengan sarêng kula ungkabi / sabenggol-benggol lumintu / akathah klêmpakira / nulya ical manah kula kang ngêlangut / kantun ayêm têntrêm amba / margi sagêd nyimpên picis //

marma ngagêsang punika / lamun nilar ing dugi lan prayogi / sayêkti tumibèng kojur / têmahan asangsara / sabên ari amung tansah prêngat-prêngut / arêngu mring semah putra / margi ajêg bayar gusis //

beda ngagêsang sarana / anindakkên ingkang dugi prayogi / satuhu manggih rahayu / mimbuhi kayuwanad /kayuwanan. awit dening tumindaknya sêtyatuhu / nuhoni duga prayoga / sawastu manggih basuki //

marma ing sabisa-bisa / marsudia marang tindak basuki / budinên kongsi katêmu / tandhanirèng utama / kang tumanêm ing jaja jroning jêjantung / jangkahên ingkang prayoga / marganing basukyarjadi //§ limrah yèn wus babak bundhas / pupuk kêncur anjarêm kraos pêrih / nanging kala dèrèng emut / kêkêt mring juru potang / panganggêpe kadi tinunggu lêluhur / nadyan pinragat gêsangan / ngraos anglêr tanpa osik // Red.

Ca… ra

--- 1219 ---

Bab Kasarasan

Wêwarah Pangupakaranipun Lare Alit.

Ing Kajawèn nomêr 63, wontên andharanipun tumrap kuciwanipun ngupakara bayi, ingkang yêktosipun nocogi dhatêng luguning kawontênan, ing dalêm jagading kabangsan Jawi taksih kathah sangêt ibu ingkang dèrèng rêna sayêktos dhatêng pangrêksanipun bayi, kajawi ingkang sampun sami angsal tuntunan. Minôngka sambêtanipun, ing ngriki kula kaparênga urun wudhu ing sawatawis, ngrêmbag prakawis punika awêwaton saking kawruh kasarasan.

[Grafik]

Andulang bayi

Botên wontên tiyang ingkang botên trêsna dhatêng anakipun, sarta botên wontên ingkang botên marlokakên dhatêng pangrêksaning anakipun, sadaya wau tumanêmipun ing raos prasasat dados paugêranipun ngagêsang. Katrêsnanipun sarta kasoking sihipun dhatêng anak, botên namung katitik saking solahbawa kemawon, nanging manjingipun dhatêng raos rumasuk ing balung sungsum. Dene pangrêmbag kula dhatêng prakawis pangupakaranipun lare alit punika, wiwit cêprot saking guwagarbaning biyung dumuginipun umur sawatawis wulanan, nama botên badhe mêrangi tatal, lugu ngandharakên pamanggih ingkang sakintênipun sagêd dados sarana karahayonipun lare. Sanajan ngakathah angakêni mênggah katrêsnanipun tiyang sêpuh dhatêng anak, ewadene katrêsnanipun wau tarkadhang namung saking kasoking sih, dèrèng ngangge utawi pancèn kalimput ing wêwarah ingkang sae. Môngka ingkang dados bakuning katrêsnan utawi cihnaning wêlasipun wau, botên badhe migunani manawi botên mawi paugêraning panjagi ingkang sae miturut kawruh kasarasan, para sadhèrèk Jawi ingkang tuna ing kasusastran rakaos sangêt sagêdipun angsal wêwarah, beda kalihan ingkang sampun sagêd maos lan nyêrat, manawi purun maos buku-buku sagêd pikantuk sêsêrêpan ingkang nyêkapi kangge wêwaton pangupakaranipun lare alit. Para ingkang dèrèng ngajêngi dhatêng kawruh kasarasan, pangupakaranipun taksih kathah ingkang nglêluri pamanggih kolot, sanajan wontên ugi satunggal kalih cara ingkang laras kalihan kawruh kasarasan, nanging racakipun botên makatên, malah tarkadhang ngantos botên namung kirang laras utawi kirang mathuk kemawon, kathah ingkang caraning pangupakara kosokwangsul balêjêt kalihan kawruh kasarasan, [kasa...]

--- 1220 ---

[...rasan,] utawi malah ingkang dados awisanipun. Yèn ngantos makatên, ambêbayani sangêt dhatêng karahayonipun lare, jêr caraning pangêrksa ingkang kirang prayogi, asring nuwuhakên pêpalang warni-warni.

Lare ingkang kaupakara mawi tuntunan ingkang sae, jiwa ingkang wilujêng langkung kathah kaotipun tinimbang kalihan ingkang botên mawi panjagi ingkang awêwaton kawruh kasarasan. Pangrêksa dhatêng lare alit punika babagan ingkang riwil sarta gawat saèstu, satunggiling prakawis ingkang botên namung cêkap kapiagah ing têmbung ngarah apa kemawon.

Miturut papriksan saking kawruh kasarasan, bayi ingkang nêmbe lair, ingkang limrah wawratipun nêm katos, wontên ugi ingkang sagêd langkung sakêdhik saking samantên. Antawis saminggu saking lairipun, wawratipun taksih ajêg dèrèng wêwah, salangkungipun saking umur saminggu, ngancik dumugi wêwangên umur nêm wulan, ing dalêm saminggunipun racak-racak wawratipun mindhak sakatos, ngantos dumuginipun taun ingkang kaping kalih, wawratipun namung mindhak gangsal katos.

Lare ingkang nêmbe lair ing sirahipun pinanggih wontên êmbun-êmbunanipun kalih panggenan, kaprênah ing nginggil lêrês sarta ingkang dumunung ing sirah perangan wingking. Buntunipun bunbunan ingkang wingking sasampunipun umur kalih wulanan, dene ingkang nginggil manawi sampun umur wolulas wulanan. Manawi buntunipun bunbunan kalih panggenan wau botên buntêt ing salêbêtipun umur kalih taunan, limrahipun larenipun kacandhak ing satunggiling sêsakit.

Lare ingkang badanipun sêgêr, têgêsipun botên kataman sêsakit punapa-punapa, padatanipun asring nangis, mila manawi wontên bayi nangis, ibunipun sampun kuwatos, sampun kakintên bilih nangisipun wau saking sabab sanès, jêr sampun dados watakipun lare, asring nangis ingkang jalaranipun botên saking sakit utawi luwe. Malah manawi botên nate nangis padatanipun kirang sakeca badanipun utawi wontên sabab sanès, tangisipun lare punika malah sae, amargi minôngka pasinaon dhatêng ebahing sarandunipun badan, ingkang dayanipun agêng tumrap dhatêng kêkiyatanipun. Margi saking punika sampun susah sabab lare asring nangis, sarta sampun pijêr dipun sêsêpi kemawon kalanipun lare nangis, punika kirang prayogi.

Lare ingkang bagas badanipun, ngadat doyan tilêm ngantos pintên-pintên jam dangunipun, manawi lare tilêm, kapapana ing panggenan ingkang rêsik sarta ingkang gampil angsal hawa. Manawi botên kuwawi tumbas patilêman ingkang sae, cêkap katumbasakên krodhong wêdalan Jêpang, ingkang limrah kasade ing sabên toko. Pirantos punika prayogi sangêt tur mikantuki, amargi lêmut utawi kewan alit-alit sanèsipun botên sagêd malêbêt. Tilêmipun lare sampun dipun kulinakakên miring, punika kirang prayogi, amargi ing têmbe sirahipun mindhak benjo.

Sabên dintên kaêdusana mawi toya ingkang rêsik, utaminipun manawi mawi toya ingkang bêntèripun sami kalihan bêntêripun badanipun, dene manawi botên dipun êdusi, ing peranganing badanipun

--- 1221 ---

ingkang asring kenging rêrêgêd kemawon, kausapana mawi êlap ingkang rêsik.

Manawi sampun umur nêm wulanan, sampun andungkap tuwuhipun untu ingkang ngajêng, ing gusinipun karaos punapa-punapa utawi kêri, larenipun kacêpêngana sendhok utawi barang sanèsipun ingkang atos-atos, namung sampun ingkang lancip utawi tipis sangêt, barang wau supados dipuddipun. gêgêd-gêgêd mawi gusinipun ingkang badhe katuwuhan untu.

Ingkang dados bakuning kasarasan sarta longgoripun lare, saperangan agêng pinanggih saking têdhanipun, dene lare ingkang nêsêp bakuning têdha wontên ing ibunipun, lare ingkang nêdha sarana kadulang punika botên prayogi, cêkap dipun sêsêpi kemawon. Têtakêran anggènipun nêsêpi, tumrap lare umur kalih dumugi tigang wulan, sabên kalih jam sapisan, manawi sampun jam sadasa dalu dumuginipun enjing, kêdah botên dipun sêsêpi. Saya mindhak umuripun, wêkdal wancinipun nêsêpi kêdah dipun panjangakên, ngantos dumuginipun tiga kawan wulan, malah kangge ing salajêngipun anggènipun nêsêpi namung sabên tigang jam sapisan, dene manawi dèrèng wancinipun nêsêpi môngka nangis, kenging dipun sukani toya umob ingkang sampun mangêt-mangêt. Anggènipun ngombèni toya punika kala-kala kêdah dipun kulinakakên, paedahipun supados botên gadhah sêsakit cangkêm.

Rèhne lare sêsêpan punika têdhanipun gumantung ing ibunipun, mila kêdah dipun jagi supados toya sêsêpan sagêd sae, sasagêd-sagêd kêdah nêdha têtêdhan ingkang murakabi dhatêng badan, kados ta: sêkul, kênthang, gandum, kacang, tigan sarta kalapa, dene ulam-ulaman ingkang prayogi: ulam loh, ulam ayam, ulam maesa, ulam lêmbu lan menda.

Sarèhning pirantos pangrêmêdanipun têdha taksih ringkih sangêt, ing sadèrèngipun umur nêm wulanan, sampun ngantos dipun sukani têtêdhan punapa-punapa, ngêmungna toya sêsêpan kemawon. Salangkungipun saking umur samantên, manawi wontênipun toya sêsêpan kirang, kenging dipun sukani bubur ingkang cuwèr sangêt. Satunggiling cara ingkang nguwatosi lan awon sangêt, lare asring dipun sukani têtêdhan ingkang dipun mamah, makatên punika botên sae lan kathah bêbayanipun.

Toya saking duduhipun woh-wohan sae sangêksangêt. kangge ombèn-ombènipun lare alit, upami toya nanas lan jêram, punika prayogi manawi dipun kulinakakên kangge ombèn-ombènipun ing sabên dintên. Toyaning woh-wohan punika kajawi damêl sêgêring badan, sagêd mitulungi nêbihakên sêsakit rakaos ambêbucal (bêbêlên), sêsakit padharan lan sapanunggilanipun. Woh-wohan ingkang badhe kapêrês toyanipun, langkung rumiyin kêdah kacêmplungakên ing toya umob ing sawatawis mênit, dene anggènipun ngombèkakên antawis saêjam saking anggènipun nêsêpi.

K. M. Sasrasumarta

Jagading Wanita

Bab Tigan Kamal.

Wawratipun ingkang kawastanan tigan kamal punika sok tiyanga sampun sami sumêrêp, ewasamantên saking pamanggih kula têka dèrèng kapetang kathah tiyang ingkang nyumêrêpi kadospundi pratikêlipun tigan kadamêl bêkamal.

[Grafik]

Pêkên tigan utawi ayam bèbèk ing Batawi.

Pramila ambokmanawi wontên paedahipun sawatawis saupami rekanipun pandamêl kaêwrat ing udyana ngriki, murih sagêda nambahi sêsêrêpan tur tumraping tiyang ingkang gadhah tiganipun sato iwèn kambangan, ayam, banyak utawi menthog ragi kathah sagêd ngindhakakên pangasilanipun.

Dene rekanipun ngamal (ngasin) tigan makatên:

Tiganipun dipun kumbahi rumiyin, lajêng dipun cêmplungakên ing jladrèn awu ingkang sampun kaulêd kalihan sarêm. Nuntên satunggal-satunggalipun tigan dipun temploki ing jladrèn wau ingkang ngantos rapêt, wasana katata jèjèr-jèjèr ing wadhah sakêparêngipun. Sabên wanci siyang kaêpe, manawi dalu kasinggahakên. Ing dalêm 3-4 dintên yèn tumrap tigan ayam, sarêm wau sampun rumasuk, dene yèn tigan kambangan langkung lami ngantos 5-7 dintên, punapa malih tigan banyak utawi menthog [mentho...]

--- 1223 ---

[...g] dumugi 10-14 dintên sawêg asin raosipun, ananging limrahipun ngamal punika saya lami inggih saya asinipun, mila inggih sakaparêngipun, karsa asin utawi botên.

Kajawi ngangge jladrèn wau, wontên malih ingkang ngangge jladrèn bubukan banon inggih kenging, nanging rumasukipun sarêm radi dangu, tumrap tigan ayam kemawon ngantos 8-10 dintên, dene tigan kambangan sagêd dumugi 2 minggu utawi langkung sawêg asin, nanging dadosipun kamal sagêd masir (mêdhi) eca. Saya malih tumrap tigan sanèsipun wau malah saya dangu sangêt.

Nanging sadaya tigan ingkang eca dipun kamal tur sae inggih punika tigan kambangan.

Limrahipun tigan manawi kasade wajar: mêntahan kemawon tumrap padunungan kula, yèn ayam namung pajêng 3-4 sèn, kambangan 4-6 sèn. Môngka yèn sampun dados kamal yèn tigan ayam sagêd pajêng: 4-6 sèn, kambangan 7-10 sèn. Sapunika sampun têrang mênggah kauntunganipun tiyang gumatos sarta wêkêl dhatêng darbèkipun sagêd tansah mindhak-mindhak, katitik saking rêrêgèn mêntah kalihan kamalan.

Dene manawi botên kasade, sanajan kadamêl lawuhan piyambak inggih mindhak ecanipun, namung sarana kagodhog thok kemawon inggih sampun eca, dipun cêplok inggih prayogi, jênenipun sagêd wêtah kados nèkêr raosipun nikmat sangêt.

Kala rumiyin ing tanah Jawi Wêtanan ingkang misuwur ecaning raosipun tigan kamal punika ing Grati, awit ing ngriku kathah tiyang ngingah kambangan, punapa malih pangumbaripun dhatêng tlaga ranu sami nêdha urang, mila dadosing tigan kamal eca.

Wasana pamuji kula mugi-mugi para ingkang sami kagungan ingah-ingahan sato iwèn kasêbut ngingil tansah ambudidaya murih mindhaking pamêdalipun.

Nirasa Niti Atmaja, Tumpang - Malang.

Bab Têtanêman

Urun Udhu Bab Pangolahing Gadhung.

Ing Kajawèn ôngka 65 kula maos andharanipun sadhèrèk K.M. Sasra Sumarta bab pangolahing gadhung, punika ingkang anjalari narik dhatêng manah kula kami purun ngudhoni rêmbag. Amargi andharanipun sadhèrèk wau ragi kathah gèsèhipun kalihan ingkang sampun nate kula tindakakên utawi kula sumêrêpi. Awit kala rumiyin kula sampun nate manggèn ing satunggiling dhusun panggenanipun tiyang ngolah gadhung, malah kula piyambak inggih sampun nate nglampahi. Mila ing ngriki kula manah prêlu tumut-tumut urun rêmbag, amargi inggih lêrês gadhung punika mathuk sangêt kangge pacitan ngombe wedang, nanging manawi botên kêlêrêsan pangolahipun taksih sagêd ngêndimi, wasana malah andadosakên kapitunan. Nanging kula ugi botên, nglêpatakên dhatêng andharanipun sadhèrèk [sadhè...]

--- 1224 ---

[...rèk] ing ngajêng, amargi bokmanawi panjênênganipun wau sampun nate pirsa utawi nindakakên ngolah gadhung kados ingkang sampun kaandharakên. Dene andharan kula ing ngandhap punika manawi para maos karsa nganggêp, namung lowung kangge mêwahi sêsêrêpan utawi katrangan pangolahing gadhung.

Tiyang ngolah gadhung punika kenging kaewokakên sanès padamêlan ingkang gampil, awit kêdah ngangge dhêdhasar manah sabar tuwin talatos. Inggih punika makatên: gadhung sasampunipun kadhudhuk saking uwit, lajêng dipun oncèki ingkang ngantos rêsik kulitipun, manawi sampun lajêng karajang ingkang tipis-tipis watawis sami kalihan arta benggol, dene agêngipun manut agênging gadhung ingkang karajang. Rajangan gadhung wau lajêng dipun awoni satungal-satunggal ingkang waradin. Kasarêng kathah kados tiyang ngurab-uraban ugi kenging, nanging adatipun lajêng kathah ingkang sami tugêl, amargi gadhung ingkang taksih wontên yiyidipun punika rênyah sangêt. Anggèning ngawoni kêdah ngangge awuning kajêng sampun ngangge awu latu arêng, makatên ugi kêdah ingkang sampun asrêp, amargi manawi ngangge awu angêt dadosipun lajêng cemêng. Rajangan ingkang sampun dipun awoni wau, ugi satunggal-satunggal dipun wadhahi rinjing utawi wadhah ingkang wontên bolonganipun pating crumplêng, anggènipun madhahi kêdah dipun tata tumpuk-tumpuk sarta kaangkah sampun ngantos mêndhak mêndhukul, wadhah wau ing sadèrèngipun, ing ngandhap dipun dhasari godhong dhadhap srêp utawi tawa, sawatawis lêmbar, makatên ugi panatanipun, sabên kandêling tumpukan sampun watawis satêngah kaki, lajêng dipun dèkèki godhong tawa malih, makatên ngantos sarampungipun. Dene gunanipun godhong tawa wau inggih punika kangge nawa wisaning gadhung ingkang ngêndêmi.

Manawi sampun rampung anggènipun madhahi, ing nginggil piyambak ugi dipun tutupi ngangge godhong tawa malih sarta dipun tindhihi sela utawi barang ingkang awrat, lajêng kadèkèkakên ing panggenan ingkang kiwa sarta eyup. Watawis satunggal jam dangunipun saking anggèning andèkèkakên gadhung wau sampun ragi lêmês, amargi toyanipun yiyid sampun kathah ingkang mêdal, dados dipun idak botên rêmuk, lajêng wiwit kaidak-idak tindhihipun kenging kaangkat rumiyin, nanging manawi sampun katindhihakên malih. Namung pangidakipun kêdah dipun èngêt-èngêt, botên kenging mingar-mingêr, dados saupami sampun majêng ngalèr, satêrusipun inggih kêdah majêng ngalèr kemawon. Amargi manawi botên makatên, miturut cariyosipun ingkang sampun kulina ngocal gadhung, taksih sagêd ngêndêmi. (mirid ing nalar, pamênêtipun supados ajêg) danguning pangidak wau botên mawi wangênan, namung sok ugi sampun kathah mêdalipun toya yiyid inggih lajêng dipun sampuni, nanging kêdah rambah-rambah, kenging sabên watawis kalih jam sapisan, makatên salajêngipun ngantos kasipêngakên sadalu. Namung wanci dalu sampun botên prêlu kaidak-idak malih.

Enjingipun enjing-enjing gadhung ingkang sampun kaidak-idak wau lajêng katumplak ing panggenan ingkang badhe kangge ngêpe. Pangêpenipun botên susah ngangge dipun lèmèki punapa-punapa, cêkap [cê...]

--- 1225 ---

[...kap] wontên ing siti kemawon ingkang sampun dipun saponi rêsik. Patrapipun katata ijèn-ijèn kados tiyang ngêpe dhèndhèng. Danguning pangêpe kêdah ingkang ngantos garing saèstu.

Sasampunipun garing saèstu, gadhung wau lajêng wiwit kaêkum ing toya ngangge wadhah ingkang langkung agêng, prêlunipun supados sagêd amomot toya langkung kathah. Watawis satêngah jam dangunipun sampun lêmês, ing ngriku sawêg kenging wiwit dipun uyêg, sarta dipun gombang, inggih punika sasampuning kauyêg lajêng dipun êntas ing irig, toyanipun ingkang sampun rêgêd dipun bucal kasantunan ingkang rêsik, gadhung kaêkum malih. Panggombangipun sabên dintên sakêdhik-sakêdhikipun kêdah kaping tiga, ngantos dumugi sarêsikipun babarpisan, inggih punika manawi sampun kêtingal pêthak mêmplak kados mori. Wontên malih patraping pangêkum ingkang langkung gampil lan mayar, inggih punika wontên ing lèpèn. Gadhung cêkap dipun wadhahi ing irig kemawon lajêng dipun cêmplungakên ing lèpèn. Malih panggenan ingkang toyanipun santêr tuwin lêbêtipun ingkang sampun ngantos nyilêpakên irigipun. Ing ngriku sampun botên sisah kagombang malih, kantun nguyêk lan ngêpyok-êpyok kemawon. Manawi gadhungipun sampun mêmplak tôndha sampun rêsik saèstu, lajêng têrus dipun êntas sarta dipun êpuh supados tuntas toyanipun.

Sapunika gadhung sampun rêsik, punika kantun sênêngan. Badhe kasimpên krèkèl mêntahan punapa matêngan. Manawi mêntahan cêkap makatên kemawon lajêng dipun êpe, patraping pangêpe ugi dipun tata ijèn-ijèn ing wadhah ingkang wiyar sarta rêsik, manawi sampun garing lajêng kenging kasimpên, punika sagêd kiyat dangu. Namung manawi badhe nêdha kêdah kaêdang rumiyin, sampun dipun godhog. Dene manawi badhe kasimpên krèkèl matêngan, gadhung ingkang nêmbe kaêntas saking kumkuman wau lajêng têrus kaêdang kados ngêdang pohung, namung anggèning nyêmplungakên ing asêpan kêdah dipun iwir-iwir, prêlunipun supados matêngipun sampun ngantos dhèmblèng. Manawi sampun matêng lajêng kaêntas têrus dipun êpe, patrapipun ugi kados ing ngajêng, manawi sampun garing sawêg kenging kagorèng kangge pacitan ngunjuk wedang, raosipun botên prêlu kula aturakên, para maos têmtu sampun uninga. Ingkang dèrèng kaêpe dipun urap kalihan kalapa tuwin sarêm ugi sampun eca, raosipun mèh kados kêtos. Wontên ugi ingkang dipun cêmplungakên ing lêgèn ingkang sawêg umob, raosipun langkung eca malih. Makatên mênggah rêkaosing tiyang ngolah gadhung ingkang sampun nate kula lampahi, wasana bilih wontên kêkiranganipun mugi para maos sampun kirang maklum.

Pun, Sasra Mangunjaya, Ing Bandhung.

--- 1226 ---

Panglipur Manah

Panglocita.

[Asmaradana]

Bangun enjang tangi guling / sêmbahyang subuh lir saban / bakda angubêngi kêbon / ambubuti cêcukulan / sukêt latêng lênggêtan / kang ngrêbda timbul ngrêmbuyung / labêt kabalêbah udan //

angêndhih tanduran adi / adining-adining wong desa /Lebih satu suku kata: adi-adining wong desa.

kimpul linjik talês kaspe / cipir kara kacang dawa / uwi gêmbili lawan / waluh ceme labu bêstru / kang mrambat ing salatara //

turut têpining capuri / sinêling lan turi seta / têkaning wayah têngange / rampung tapis kawistara / rêsik asri sinawang / sungsêmingsêngsêming. tyas sakalangkung / suka amarwata suta //

manoni tanêman sami / lêma-lêma linêmenan / marêmakên wong aluwe / tur nèh amung pakêbonan / sapara wolon asta / iba ta lamun andulu / pasabinan kang lwih ômba //

tandure ngrêbda andadi / dinêlêng wayah maratak / katon kuning sêmu ijo / muyêk wênês maya-maya / iba sansaya suka / tan ngrasarsa luwe lêsu / lulus molih lêbda jiwa //

riwusing nglocita nuli / wisuh ngrêsik suku asta / dyan kèndêl ing bale dhêlog / ngayêm-ayêm ngombe wedang / wedang godhong kaleyang / dhadhap asrêp kang wus runtuh / linalapan gula klapa //

[Grafik]

Sèlèhing panarimah, pindhanipun kados jêmbaring bumi, sagêd rinaosakên ing sabên tiyang.

pacitan godhogan uwi / alungguh ngèmpèring langgar / nglènggèr bari udut klobot / bakone wêton Kêduwang / tandhonan wus samôngsa / nikmate kalangkung-langkung / ngrasantuk rahmating Sukma //

nora niyat ngirat-ngirit / dhasar saking kêkurangan / pira dayane wong tuwèk / ihtiyar wus nora bisa / ingkang dèn arsa-arsa / mung saking wêtuning talun / daya kalamun ômbaa //

nanging rèh sajroning ati / wus nora ginawe kurang / mung narima saanane / suprandene atiningwang / mêngko wus mari utang / wusana sukur

--- 1227 ---

ring kalbu / maring Hyang kang Mahanasa //

ngucap alkamdulillahi / myang nglocita jroning nala / dhuh wak ingong parandene / duk ingsun maksih taruna / bangêt karaya-raya / angêngumbar hawa napsu / nuruti ardaning driya //

angkuhe kaya priyayi / kang pêkah rong atus reyal / mangan nora trima rèmèh / kudu ingkang sarwa enak / turu kudu kapenak / rina wêngi mangan nginum / mêmpêng among karamean //

suthik kasoran sathithik / utang-utang tanpa petang / pèh ana kang ngêndêl bae / nora ketang wolulasan / têkuk tikêl tinêmah / mung guru anggêr pikantuk / prêlu dèn go andrawina //

tan wruh wuri sothal-sathil / nyaranthil kaponthal-ponthil /Seharusnya guru lagu: 8a, nyaranthil kaponthal-ponthal. watone samêngko olèh / tembal-tèmbêl ingêcapan / pira kèhe pratôndha / tan dèn etung aji pupung / mumpung maksih antuk utang //

katujune awak mami / maksih rinêksèng Sukmana / mèngêt lamun pon-êmpone / lalu mangkene kewala / yêkti nêmu bêbaya / dyan pêng tekad matang putung / mêtu saking pasadaran //

mentar ngungsi mring wanardi / mêminta aksamèng Sukma / sinambi among têtanèn / angaring-aring oswasa / trima sakadarira / mangana gêmbili kimpul / anggêre marêm narima //

kaya anaku saiki / dene ora apa-apa / anane ya padha bae / wedang dhadhap gula klapa / dadine padha toya / udut klobot bako sêmprul / iya padha dadi mega //

turu kadhar lèmèk widhig / yèn uwus kapati nendra / anglêr ngorok sênggor-sênggor / tan rumasa èstri priya / bupati tani kompra / parandene wong aidhup / linakonan kadhungsangan //

dènnya ngudi sandhang bukti / linakon karaya-raya / kaya kanggoa sajêge / lali lamun ana pêjah / pijêr anguja hawa / tan mèngêt yèn pati iku / têkane samôngsa-môngsa //

yèn wus mangsane nêkani / ta kêna pamit sadhela / ngungsia ngêndi parane / pati tut wuri kewala / paran mêngko wong donya / yèn tan mèngêt ana lampus / yêkti kalantur nglêmpara //

S.

Konduripun ingkang Bupati ing Bandhung saking Eropah.

Tumrap golongan bôngsa Sundha, saya malih ing Bandhung, konduripun ingkang bupati saking Eropah punika, dipun tampi kanthi agêng tuwin bingahing manah, malah saking guyubing para priyantun tuwin golongan sanès-sanèsipun ing Bandhung, ngantos ngawontênakên komite kangge mahargya rawuhipun ingkang bupati. Sadaya wau dados pratôndha bilih ingkang bupati dipun trêsnani saha dipun suyudi ing kawula bawahipun.

Ing dintên Sabtu enjing tanggal kaping 18 wulan punika, kapal P.C. Hooft katingal malêbêt ing palabuhan Tanjung Priuk alon-alonan saha lajêng mèpèt wontên pinggir, inggih punika baita ingkang dipun titihi Radèn Adipati Arya Wira [Wi...]

--- 1228 ---

[...ra] Natakusuma, bupati ing Bandhung, ingkang rawuh saking nagari Walandi.

Ing palabuhan ngriku sampun kathah sangêt tiyang ingkang sami mêthuk, wontên golongan priyantun, sudagar, para warga tuwin golongan tani ing Bandhung. Radèn Adipati Arya Ahmad Jayadiningrat, Radèn Adipati Arya Suyana, panjênênganipun Tuwan Gobee parampara babagan tiyang siti ugi sami wontên, sadaya kathah ingkang sami sakalihan.

[Grafik]

Radèn Adipati Arya Wiranata Kusuma, bupati ing Bandhung, kagambar nalika kapal sawêg labuh wontên ing Tanjung Priuk.

[Grafik]

Ingkang bupati nalika salaman kalihan para ingkang sami mêthuk, kathah ingkang sami karaos-raos ing manah.

Radèn ayu adipati inggih mapag, dipun irid ing rama ibu, inggih punika patih ing Sumêdhang sakalihan.

Ing kapal wau katingal rame sangêt, ing perangan papan kêlas satunggal, ingkang kangge nampèni para tamunipun ingkang bupati, sadaya sami dipun sugata wedang kalihan dhêdhaharan.

Konduripun ingkang bupati wau sarêngan kalihan Tuwan Darwis gelar Datoek Madjolelo, dêmang ing Maninjo, ingkang ugi nunggil lampah kados ingkang bupati, prêlu anjêmbarakên wawasan wontên ing Eropah. Punika ugi kathah ingkang mapagakên.

Sasampunipun minggah ing dharatan, ingkang bupati lajêng sowan Paduka Gupêrnur Pasundhan, nanging botên pinanggih, pinuju parêpatan, namung dipun panggihi Tuwan Residhèn Muhlenfeld.

Sadumugining Bandhung dipun tampèni ing komite golongan warni-warni wontên sêtatsiun Bandhung, nalika dumugi ing Cimahi, kathah tiyang ingkang mapag wontên ing sêtatsiun saha sami surak-surak minôngka pambage wilujêng.

Mandhap saking sêpur lajêng têrus kondur dhatêng kabupatèn, ing kabupatèn sampun sêsêg ingkang sami mapagakên.

Sasampunipun lênggah lajêng amiwiti ngaturakên pambage wilujêng, urut-urutanipun: patih ing Bandhung atas naminipun para priyantun ingkang taksih cêpêng damêl utawi ingkang sampun pènsiun. Up [U...]

--- 1229 ---

[...p] pêngulu atas namaning golongan mêthakan. Tuwan Mol atas namaning lid rêgènsêkap sêrad bôngsa Eropah. Kd. Wirabrata, atas namining lid rêgènsêkap sêrad têtiyang siti. Lajêng wêwakiling pakêmpalan warni-warni, wêwakil bôngsa Tiyonghwa tuwin sanès-sanèsipun.

[Grafik]

Tuwan Darwis gelar Datoek Madjolelo dipun pêthuk para warga tuwin para mitra.

Ingkang bupati lajêng amangsuli ing saprêlunipun dhatêng para wêwakil tuwin dhatêng têtamu jalêr èstri ingkang wontên ing ngriku sadaya.

Sasampunipun punika lajêng dipun wontênakên wilujêngan. Ingkang wontên ing ngriku sadaya wontên tiyang gangsal èwon, sami karadinan angsal dhêdhaharan tuwin pangunjukan.

Wusana wilujêng ingkang pinanggih, lajêng bibaran.

Rêmbagipun Sêmar, Garèng lan Petruk

Bab Têmbung -têmbung Mônca ingkang Kaprah dipun Angge.

IV.

Garèng : Andharanmu anggone nagara nganakake pakaryan, iya wis agawe cêmêplonging pikirku. Kiraku anane kiyi iya ora beda karo anggone nagara nganakake sêpur, prêlune uga gawe kamayarane kawulane kabèh. Awit kajaba wong-wonge sarana bayaran sathithik tur rikat lakune, bisa lêlungan adoh, uga bisa ngirim-ngirimake pamêtune tandurane utawa bisa ngêdol barang kabudidayane nang liya-liya nagara, kanthi gampang lan rikat. Mara, apa kuwi ora kauntungan gêdhe tumrap aku kabèh.

Petruk : Kowe mono, Rèng, Rèng, sing kopikir mung kasênênganamu dhewe bae, anggêr

--- 1230 ---

wêtêngmu dhewe wis warêg êmbuh ora wêruh tanggane, modar luwèh, ora luwèh. Seje karo aku, pancèn dhasare wong wêlasan, ora mêntalan, ora têgêlan, mulane nèk ana kônca susah, iya gêdhe bangêt prihatinku. Ing môngka anane sêpur saiki kiyi, pirang-pirang kancaku sing padha tiba ing mlaratan, kaya ta: Kang Wirya tukang grobag lan Kang Krama tukang dhokar, kuwi saikine padha malarat-malarat bangêt, tandhane dhèk biyèn anggêr tak dhayohi, wah, suguhane kampiyun têmênan, wedange: wedang tèh sintèk cap Sêmar, gulane: gula batu, pacitane: ondhe-ondhe têngkuwèh, krasikan, juwadah bintul, rôndha kèli, lan isih akèh manèh tunggale. Barêng saiki suguhane: wedang godhong kopi kathik ora nganggo gula, pacitane bêgja-bêgjane bakaran tela, tur anggone ambêdhol tandurane tanggane. Mara, apa aku ora nlôngsa bangêt ngrasakake kang mangkono kuwi.

[Grafik]

Sêmar : E, kurangajar, anggone nlôngsa bangêt kuwi, rak ora sabab mêlasi kancane, ananging sabab kancane banjur ora bisa nyuguh kanthi ropyan-ropyan. Sabênêre ngono mula ya nyata, yèn anane sêpur kuwi agawe karugiane tukang grobag lan tukang dhokar, awit barang-barang sing dhèk biyèn cukup dimomot ing grobag saiki dimomot ing sêpur, awit kajaba lakune luwih rikat, bayarane luwih murah. Mangkono uga tumrape wong lêlungan, apa manèh yèn lêlungan adoh, dhèk biyèn padha nunggang dhokar utawa tunggangan liya-liyane, nanging saiki padha nunggang sêpur, sababe ora liya-liya jalaran saka rikate lakune lan murahe bayarane. Ananging wêruha, Truk, ing ngalam dunya kuwi wis dadi jaman lumrah, yèn ana apa-apa anyar, kuwi ana sing sênêng, nanging uga ana sing susah. Mara, saiki timbangên bae, akèh êndi wong sing susah jalaran saka anane sêpur, karo wong sing padha bungah jalaran padha kacukup kaprêluane.

Garèng : Wiyah, iya ora prêlu sêmang nganggo ditimbang-timbang, têmtune iya tikêl-matikêl akèh sing butuh sêpur katimbang karo sing ngêmohi anane sêpur. Petruk ki nèk ngomong, pancèn anggêr mêtu bae. Ora, Ma, bab anane sêpur, aku pancèn mupakat bangêt, yèn gêdhe gunane tumrap rakyat kabèh. Sing aku ora ngrêti babarpisan kuwi rak bab pangêdole uyah dening nagara, apa kuwi ora kêna diarani sakecanya pribadi, wong cilik kêna gawe, ananging ora kêna adol, kajaba mung nagara dhewe sing kêna. Mara, apa ora siya-siya jênêngane kuwi.

Sêmar : Sarèh, gus, sarèh, aja banjur ngômbra-ômbra tanpa tônja mêngkono rêmbugmu. Mungguh prêlune nagara nganakake pakaryan pangêdolan uyah, kuwi prêlune kanggo ngènthèngake supaya kawula suda panyangganing pajêg,

--- 1231 ---

awit saupama ora mangkono, pajêge para kawula mêsthi iya saya abot, padhane kaya pakaryan timah, kuwi iya mêngku paedah agawe sudaning pajêge para kawula. Dadi tindak kang mangkono mau ora gawe krasane wong kang padha nglakoni. Kajaba mêngkono ora liya-liya saka anggone arêp angrêksa nyang kaslamêtane wong cilik. Jalaran saupama uyah mau ditogake bae kaya pakaryan seje-sejene, ora kêna ora mêsthi dimèliki karo salah sawijining kaum hartawan, ya kuwi banjur ditêbas. Wong cilik saka kurang mangrêtine, rèhning tômpa dhuwit kêmrupyuk saka bungah atine, ora wêruh yèn bakal kapitunan gêdhe kapriye anggone ora bakal kapitunan gêdhe, awit rêganing uyah mêsthi bakal diundhak-undhakake, miturut sakarêpe juru nêbas mau, upama maune mung rêga sak sèn, saiki banjur dirêgakake limang sèn utawa sakêthip, aku kowe kabèh iya banjur kêpêksa ngarêpi, sabab saka butuhku mênyang uyah. Hara, yèn kok pikir kalawan dawa, anane dagangan uyah diasta dening nagara kuwi apa ya mung maligi ngupaya kasil thok, rak ora ta, sajatine rak têtela mung saka anggone nêtêpi wajibe kudu ngrêksa marang kaslamêtaning kawulane.

Petruk : Wiyah Rama mono, mung arêp mênangake kana bae, ya ana bênêre wong dhadhane wis dikanthil-kanthili rêmpèyèk salaka. Mara, saiki critakna nyang aku apa sababe dene pirang-pirang alas sing ditutup, apa kuwi ora gawe pitunaning wong cilik, ambok iya diparing-paringake nyang wong desa, rak kêna ditanduri: kimpul, tela, jagung lan liya-liyane kang ana asile, la kok dijêmbrungake bae, apa krêsane nagara kuwi arêp nganakake kratoning dara macan, dèn bagus andhapan, lan bêkasakan liya-liyane.

Sêmar : E, wong gêmblung, sadurunge aku mangsuli bab kiyi, dak kandhani yèn aku ora pisan-pisan duwe pikiran angrewangi kana utawa kene, mung ngomongake apa anane bae. Sumurupa, mulane ana alas-alas sing padha ditutup dening nagara, kuwi ora kok kaya kandhamu mangkono, sabênêre ana karsane sing prêlu bangêt, yaiku gêgayutan karo kaanan lan kauripaning wong cilik. Jalaran yèn ta alas-alas mau mung dibenake bae, wong cilik banjur mung sagêlêm-gêlême gone padha nêgori wit-witan kang tansah dimelikake, môngka yèn kalakon mangkono alas mau suwe-suwe dadi gundhul, dayane kang migunani tumrap wong tani bakal ilang babarpisan, jalaran sakèhe rabuk sing padha ditandho ana ing kono kabèh gampang larute samôngsa ana udan. Mulane kêpêksa ana sing ditutup dening guprêmèn kuwi, sajatine mung saka ngeman marang wong cilik, supaya anggone têtanèn bisa ajêg bêcik saka dayaning alas kang padha ditutup mau.

Garèng : Lho, wong alas ditutup kok jare andayani marang lakuning têtanèn. Mara, têrangna, Ma, kapriye, aku arêp mangrêti sababe.

Sêmar : Lha kuwi mangkene wong bagus. Sanadyan [Sana...]

--- 1232 ---

[...dyan] mung anjupuk saprêlune katranganku iki, nanging tumrap kowe kaya-kaya wis nyukupi. Mulane alas-alas kang padha ditutup mau gêdhe dayane tumrap têtanèn awit sabênêre alas iku: I dadi gudhanging rabuk, yakuwi kang tumuwuh saka bêbosokaning gêgodhongan ing alas kono sapanunggalane. II yèn ana udan, sakèhing oyod-oyodan, kuwi padha nêsêp banyu, kang anjalari banyu udan mau ora lubèr-lubèr, ambanjari sawah-sawah lan padesan. III môngsa têrangan, oyod-oyodan mau padha ngêtokake banyune kang sabanjure padha mêtu mili marang kali-kali, sing padha ambanyoni sawah-sawah sakiwa-têngêne, kang mangkono wong tani tansah ajêg olèh banyu. Kang iku samôngsa alase padha gundhul, yèn nuju môngsa têrangan, kali-kali padha asat dening ora olèh sumbangan banyu saka alas tutupan mau, satêmah bisa gawe pitunaning wong tani.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking sêrat kabar sanès.

Wontên pawartos, Ingkang Sinuhun ing Surakarta badhe têdhak dhatêng Bali, badhe mriksani barang-barang kina, ugi badhe mara tamu dhatêng para raja ing Bali. Têdhak dalêm kintên-kintên wontên ing wulan Nopèmbêr.

[Grafik]

Kados ingkang sampun kawrat ing pakabaran warni-warni, bab sedanipun Gusti Kangjêng Bandara Radèn Ayu Adipati Pakualam VI. Ing nginggil punika lampahing layon nalika bidhal saking dalêm Pakualaman dhatêng pasarean ing Girigônda, Kulon Praga.

Rêsèrsê ing Bandhung mêntas nyêpêng bôngsa Mênadho, ingkang badhe mijèni ngèlmu komunis dhatêng bôngsa militèr, dèrèng dangu tiyang wau kalihan kancanipun tiga sami dhatêng Ruslan. Kônca sanèsipun sawêg dipun padosi.

Sêrsan Westerman kalihan saradhadhu Jawi nama Parta, ing Biwak bawah Simpang, Borneo sisih kilèn, dipun sanjata ing pasakitan bôngsa Tiyonghwa, anandhang tatu rêkaos, pasakitan miruda.

Noeroes Ginting Soeka umur 35 taun, pokrul bambu tuwin jurnalis tilas redhaktur Sendjata Batak lid P.K.I. ingkang kantun piyambak manggèn ing Kabanjae Sumatra sisih wetan, kasingkirakên dhatêng Dhigul.

--- 1233 ---

Wontên pawartos, ing Pordhêkok wontên ada-adanipun bôngsa Tiyonghwa badhe damêl padpindhêr Tiyonghwa tuwin tiyang siti, kajêngipun badhe nindakakên pitulungan bilih wontên tiyang manggih bêbaya. Bilih pakêmpalan wau sampun ngadêg, prêlu badhe nêdha pitulunganing dhoktêr suka wêwulang dhatêng para warga bab tumindaking pitulungan, lajêng kados tindaking Roode kruis.

Sawênèhing liring pêrplegêr ing C.B.Z. Wèltêprèdhên, andèkèki lyzol wontên ing gêlas kopi, ingkang badhe dipun lêbêtakên dhatêng mêngsahipun ugi liring pêrplegêr, nanging wusana dipun ombe ing tiyang sanès. Bêgja dene botên ambêbayani.

Wontên golonganing priyantun ing Surakarta gadhah atur dhatêng paduka gupêrnur badhe ngêdêkên kantor pitulungan pados padamêlan, tuwin kantor bab punika saking Ngayogya.

Saking mupakating rêmbagipun para Islam ing Bandhung ing gêdhong P.I. Kepatihanweg badhe wontên pista agêng, minôngka ajênging pakurmatan konduripun ingkang bupati ing Bandhung saking nagari Walandi.

Katêtêpakên dados pangarsa landrad ing Blitar, Mistêr Radèn Muhiman Suryawinata, sapunika pangarsa landrad ing Grêsik tuwin Lamongan.

Ing Kota Nan Gadhang, bawah Payakombuh, wontên griya agêng-agêng 15 tuwin lumbung 22 sami kêbêsmi, kapitunan f 12.000, jalaranipun saking kirang pangatos-atos.

Katêtêpakên dados ondêr pursitêr landrad ing Ngayogya, Radèn Mas Sidharta, rumiyin tedhêlêk pursitêr landrad ing Prabalingga.

Wontên pawartos, benjing tanggal 3 dumugi 9 Oktobêr wadya kapal lêri ing Batawi, Cimahi, Surakarta tuwin Ngayogya badhe ajar baris wontên ing Purwakarta tuwin Kosambi, wadya numpak sêpedhah saking Batujajar inggih badhe tumut.

Ing Bukit Bêsar, Palembang mêntas wontên tiyang andhudhuk siti manggih rêca warni-warni, ingkang kakintên barang kina, saha ing ngriku kakintên dununging griya agami. Wontên malih panunggilanipun, sela mawi sêratan kina tuwin sirah rêca Buda. Ing sacêlaking panggenan ngriku wontên pasarean ingkang dipun pêpêtri, limrahipun dipun wastani pasareanipun Raja Iskandar, lan ing pucak rêdi ugi kathah kubur-kuburan kina. Pangintêning ngakathah, ing ngriku punika patilasan karaton jaman kina.

Ing tanggal 26 wulan punika, mêsin mabur Foker 416 ingkang dipun tumpaki kapitan Kosler kalihan wd. Sêrsan Mayor Pasveer wontên sacêlakipun Kampung Gêntèng, Surabaya, manggih sabab lajêng dhawah anjêmpalik wontên ing ara-ara balêthokan, karisakan namung sakêdhik, ingkang numpaki wilujêng. Mêsin mabur wau badhe dipun bikaki kabêkta dhatêng mara krêmbangan. Dhawahing bêbaya wau kasumêrêpan saking papan panggenaning mêsin mabur ing mara krêmbangan. Dene sarênganipun sadaya wontên 5, wusana wontên satunggal ingkang aburipun kêtingal andhap saha lajêng kaling-kalingan wit-witan. Botên dangu lajêng dipun susuli oto utawi pit motor, dene mêsin mabur ingkang 4 lajêng wangsul suka sumêrêp ing bab bêbaya wau.

Pawartos saking Administrasi.

Lêngganan nomêr 503 ing Grogolan (Sala). Yatra f 1.50 punika tumrap kwartal 4.

Lêngganan nomêr 1824 ing Selamaya (Wanasaba). Kintunan yatra tumrap Bale Pustaka kenging dipun dadosakên satunggal, nanging kêdah katêrangakên ing sawingkinging sêtruk pos wisêl, punapa prêlunipun yatra wau. Upami: tumbas buku anu f 1, Kajawèn f 1.50.

Pawartos saking Rêdhaksi.

Tuwan S ing Margasari, Borneo. Karangan panjênêngan botên kapacak, amargi kirang cêtha andharanipun.

Tuwan S.M. ing Pundhong. Gambar 4 iji kakintunakên wangsul, karanganipun botên kapacak.

Tuwan N. ing Tumpang. Gambar kakintunakên wangsul, botên patos prêlu.

Tuwan B.S. Sarjana, ing Trucuk Klathèn. Karangan botên kapacak, gambar kakintunakên wangsul.

Tuwan S. ing Banyumas. Sarèhning karangan panjênêngan punika nama amangsuli karangan ing Darmakôndha, mirid tataning lêrêsipun, inggih kêdah dipun pacak wontên ing Darmakôndha, ewadene manawi redhaksi Darmakôndha botên purun macak, punika sawêg kenging kakintunakên dhatêng sêrat kabar sanès. Karangan kakintunakên wangsul.

Lêngganan nomêr 2398 ing Klathèn. Pakêmpalan Lev. Verz. Mij. Indonesia ing sapunika sampun botên wontên.

Tuwan S. ing Purwakêrta. Karangan bab sêsakit bèri-bèri, botên kapacak, awit miturut panimbangipun para ahli, kirang nyêkapi.

R. ng. Dj. M. ing Sutagunan Surakarta. Sampun tamtu kemawon Kajawèn anampèni gambar-gambar, nanging ingkang migunani. Dene alit-aliting ukuranipun 9x12 cM.

Tuwan Spoer, ing Ngayogya. Panjurung panjênêngan ingkang kapacak namung ingkang sampun.

--- 1234 ---

Wêwaosan

Sêrat Cariyosipun Dèwi Aisah ing Nagari Mêsir.

Karanganipun Supar Darmawisastra, ing kampung Kêmlaka, dhistrik Sukarêja, Kêndhal.

2

Sarawuhipun ing kadhaton, lajêng kèngêtan wêlingipun rumiyin dhatêng ingkang garwa. Sarêng ingkang garwa matur sampun garbini, sang prabu sangêt ing dukanipun, sarta lajêng badhe animbali abdi Singanagara kadhawuhan nyedani sang putri. Sang putri kadukanan kathah-kathah kadakwa dhangan dhatêng para mantri bupati. Atur wangsulanipun sang putri botên rumaos. Malah gêntos narka sang prabu ingkang bedhangan wontên ing môncanagari. Sang Prabu Kumbi. Sang putri lajêng ngunjukkên usap asta lan sêsupenipun paringan saking sang prabu. Dangu-dangu sang putri blaka, bilih ingkang kabedhang sang prabu rumiyin punika inggih punika sang putri, ngantos sapriki sampun anggarbini sangang wulan. Sang prabu thêngêr-thêngêr lajêng ngandika: Layak rupane biyèn kaya rupamu prasasat jambe sinigar byak. Lan mêsthi bae ora kêtêmu dak golèkana ing ngêndi bae.

Sigêg gêntos cariyos, ing salêbêtipun nagari Mêsir, wontên prakawis ingkang anèh, inggih punika wontên tukang grobag kapêthuk dhokar, ingkang dados anèhipun wau dene anakipun kapal dhokar wau lajêng ngêtutakên lêmbu grobagan, botên purun kapurih nginthil kapal êmbokipun. Ing ngriku sarèhning ingkang gadhah grobag rêmên dhatêng bêlo wau, kêdah pangakênipun bilih bêlo wau anakipun lêmbunipun grobag.

Wasana tiyang kalih wau lajêng nuwun pangadilan, putusanipun sang prabu: ing sarèhning bêlo iku nginthil sapi, ya saiki duwèkmu, awit kêna uga sapi manak bêlo, awit Pangeran sipat kuwasa. Wasana ingkang gadhah dhokar kêpêksa kawon, kecalan bêlonipun. Nanging manahipun dèrèng marêm dhatêng putusanipun sang prabu makatên wau, amargi bêlo punika yêktos anakipun kapal dhokar gadhahanipun.

Ingkang kados makatên punika, sêdyanipun tukang dhokar nêdya sowan sang pramèswari, amargi sampun kaloka ing kawicaksananipun, badhe nuwun sih pitulung, murih prakawisipun wau sagêd angsal adil ingkang lêrês, kêlampahan ing nalika sang nata tindakan, tukang dhokar sowan sang pramèswari mêdal pungkuran. Tukang dhokar ngunjukakên lêlampahanipun. Dhawuhipun sang putri: Suk yèn pinuju ingkang sinuhun sinewaka, kowe anjalanana ing alun-alun. Yèn mêngko didangu diarani wong owah kowe matura botên anèh. Mila abdi dalêm anjalani alun-alun punika, awit Pangeran kuwasa alun-alun wontên ulamipun, kados putusan dalêm ugi, kenging ugi lêmbu manak kapal, amargi Pangeran kuwaos. Wusana kalêksanan sadaya.

Ing ngriku sang prabu kêwêlèh. Kapal ingkang kaakên tiyang grobag lajêng kapundhut, kaparingakên wangsul dhatêng tukang dhokar malih.

Sang prabu sangêt ngungunipun, lajêng andangu ingkang garwa, sarêng nyata piwulangipun, sang prabu sangêt duka. Dèwi Aisah lajêng kawêdalakên saking kadhaton, pangandika nata: He, Aisah, satêmêne bangêt anggoningsun wirang, anggonira kaping-kaping mêlèhake panjênênganingsun, saiki aja sambat, sira bakal sun tundhung wiwit sesuk ora dak rêngkuh garwa. Dene apa kang kosênêngi ing sajroning kraton kêna sira gawa. Atur wangsulanipun Dèwi Aisah: Dhuh gusti pêpundhèn kawula, bilih marêngakên, dalêm badhe bidhal wanci dalu kemawon, murih botên adamêl lingsêming sarira dalêm. Ingkang sinuhun marêngakên.

Kacariyos sang putri lajêng nyaosi pangunjukan, ing ngriku pangunjukan dipun campuri kêcubung, sanalika sarêng sang prabu bibar ngunjuk lajêng sare. Saking pangintênipun Dèwi Aisah, wungunipun sang prabu kenging ugi pêndhak dalu punika. Sang prabu lajêng kagulung ing kasur sarta dhawuh dhatêng patih, ing wanci kintên-kintên jam sadasa dalu Dèwi Aisah mêdal saking kadhaton, namung ambêkta kasur isi sang prabu wau. Ki patih ugi kamiwêlasên, ananging kadospundi, sarèhning piyambakipun ugi mirêng piyambak saking dhawuhipun sang prabu, amila namung jumurung.

Botên kacariyos ing margi, lampahipun Dèwi Aisah sampun dumugi ing griyanipun ing dhusun Koryah. Ing nalika samantên sang prabu taksih sare. Sarêng watawis jam sanga dalu, sang prabu wungu, sangêt kagètipun, krana sampun kulina dhatêng kadhaton ingkang adi, ing ngriku sarean ing ambènipun tiyang dhusun ingkang sangêt kuciwa, punapa malih sarêng mirsani dilah sênthir ingkang kêlip-kêlip andadosakên botên rênaning panggalih. Sang prabu enggal andangu dhatêng Dèwi Aisah: Aisah, iki ingsun apa ngimpi apa kapriye, iki ana ngêndi. Dèwi Aisah matur: Lho, sang prabu kok ngandika makatên. Kabaripun kawula sampun botên kangge, kapurih wangsul dhatêng dhusun, lan punapa ingkang kawula rêmêni ing salêbêtipun kadhaton, kaparêng kawula bêkta. Ing sarèhning ingkang kawula rêmêni namung panjênêngan dalêm, [da...]

--- 1235 ---

[...lêm,] dados ingkang kawula bêkta namung panjênêngan dalêm. Sang prabu anjêtung sarta gumun dhatêng kawicaksananipun ingkang garwa, rumaos kawon budi. Wêkasan lajêng dhawuh makatên: Wis wis, ayo kondur nyang kraton, aku sêlak ora bêtah ana ing kene. Wusana Dèwi Aisah lajêng kondur kalihan sang prabu dhatêng kadhaton. Wêkasanipun Dèwi Aisah lêstantun dados pramèswarinipun sinuhun ing Mêsir Prabu Abdul Muluk, kanthi raharja nyrambahi para kawula, jalaran saking kawicaksananipun sang prabu sarta sang pramèswari Dèwi Aisah wau.

Tamat.

Waosan ingkang sampun kapacak ing Kajawèn nomêr 68 saha ing Kajawèn wêdalipun dintên punika, sampun tamat, punika namung kangge sêsêlan, ing sapunika wiwit macak sêrat waosan: Kêmbang Jaya, mawi sêkar, para maos sagêd nguningani piyambak ing bab sae, sêngsêm saha ramening cariyos.

Red.

Sêrat Kêmbang Jaya

Dening Md. Dohiri

1

[Dhandhanggula]

mêmudharing sarkara ginusthi / mèt wasita carita duk kuna / kraton Pajang nalikane / kacrita ana dhusun / aranira desa Kêmiri / kalok kondhang ing lama / Pasantênan kasbut / sangsaya kêrtaraharja / kèh wong ngili angindhung mèt sandhang bukti / abra abêbranahan //

ambalabar wus dadi nagari / ingaranan Nagri Pasantênan / gêmah ripah loh jinawe / mangkono purwanipun / pinèt saking carita nguni / para wong kang wus pana / lan wong barang jantur / tininting tinata-tata / rinarakit ingikêt kinumpul dadi / pustaka Kêmbang Jaya //

mat-nikmate dènira mastani / aran sêrat crita Kêmbang Jaya / wit saka mula bukane / ingkang ababad-bubud / ngreka ngrakit ngrêrancang dadi / nagara karta arja / nguni asalipun / aran Radèn Kêmbang Jaya / kang martapa mêmasuh amati ragi / anèng dhukuh Banthengan //

dora tuna nistha ing pangrakit / lan kuciwa ikêting ukara / tan wun dadi gêguyone / tangèh bisa apatut / mèmpêr bae nora mapaki / parandene pinêksa / tan wirang ginuyu / jroning tyas pangidhêpira / mung sumarah mring para paramèng kawi / lubèring mangaksama //

inukara kang pinurwèng tulis / Paranggurdha araning nagara / panjang punjung loh jinawe / panjang jajahanipun / punjung luhur kawibawaning / bupati kang ngrèh praja / pasir wukir mungguh / nagara mangku sagara / nyingkur gunung nêngênake bandar asri / murah sandhang myang pangan //

Risang Godhapati bupatining / Singapati nayakaning praja / pinituwa sang pamase / ngasta bang-bang pangalum / dhasar limpad prawirèng jurit / sêmbada parikrama / ing rèh praja putus / marma kinasih tinuwa / sang bupati asih lair manrus batin / marang sang mantrimuka //

gumêndhunge Risang Godhapati / wus prasasat sabadan narendra / kang mêngku kaprabon gêdhe / akarya wringin kurung / monggèng têngah lun-alun asri / sisih kiwa pinasang / pakunjaran kukuh / jinaga ing kajinêman / sisih kanan masjid gung angapit kori / pura ing Paranggurdha //

rêrusuh ing nagara jinagi / pra prajurit prawira tamtama / sinungan panggonan dhewe / ing sabên dina Sêtu / samya gladhi kridhaning jurit / panahan wêwatangan / gêlut miwah suduk / kathah kang samya tumingal / jêjêl pipit pra samya suka angênting / dulu polahing bala //

bantênira pra prajurit malih / dinunungkên anèng Kêmaguwan / wadana mangke pangrèhe / jêjuluk Yuyurumpung / kang kinarya môngka têtindhih / dhasar kalok kawêntar / wudhu ing prang pupuh / bêbasan tinatah mêndat / yèn jinara sayêkti nora nêdhasi / kalis tilasing grenda //

tuhu

--- 1236 ---

lamun prajurit linuwih / dadya kasok trêsna sang bupatya / kinarya agul-agule / Paranggurdha ing pupuh / marma dadya jinunjung linggih / wadana mangrèh praja / Kêmaguan sagung / kawasa murba wasesa / mring wong cilik nata pasok bulu-bêkti / mring praja Paranggurdha //

ingkang putra bupati mung siki / nanging rada kuciwa ing warna / Dyan Jayasari arane / mripat ômba apêndul / bathuk nonong irunge sunthi / barojol pundhakira / dhadhanira manuk / wêtênge rada balêndhang / nanging rada kacèk pinunjul ing jurit / digdaya mandraguna //

malah wuwuh sihe kang bupati / kasok trêsnanira marang putra / dhasar wus pinasangake / lan putrinya wong agung / Carangsoka kalokèng puri / Sang Rêtna Rayungwulan / kang tuhu pinunjul / lir Supraba ngejawantah / tumrun mring jro purane sang adipati / Dyan Puspa andung jaya //

yong-gumeyong mung kari ngêntèni / angupaya sasrahan pangantyan / sang kusama pamintane / ing têmbe lamun pangguh / tinanggapna tontonan ringgit / dhalange Sapanyana / de niyaganipun / kêkalih wanodya endah / gong wayange padha lumaku pribadi / datan mawa ginawa //

kusumèng dyah wus myarsa pribadi / lamun dhalang aran Sapanyana / wus kêrêp ambabarake / ana ing dhusun-dhusun / nyata lamun nganèh-anèhi / tatas-titis yèn crita / tuhu yèn pinunjul / sêmbada sing parikrama / wisbuhwimbuh. bagus antêng lurus ngrêspatèni / singa mulat kasmaran //

dusthaning tyas èmêng sang bupati / dene elok pamintèng sang rêtna / gong wayang lumaku dhewe / ya ta wau winuwus / sang bupati lagi siniwi / ingadhêp para wadya / lan pêtinggi dhusun / aglar sumiwi nèng ngarsa / kyana patih lan putra Dyan Jayasari / sang bupati ngandika //

marma paman manira timbali / aprakawis paman putranira / benjang ri patêmbayane / punapa sagêd antuk / pamundhute yayi dipati / gôngsa kalawan wayang / kang bisa lumaku / niyaga wanodya endah / mung sakloron dulure dhalang pribadi / iya Si Sapanyana //

napa paman sampun angulati / panyuwune bakal mantuningwang / kadiparan yèn tan olèh / kya patih nêmbah matur / adhuh gusti pêpundhèn mami / pun bapa sampun nyêbar / pra pêtinggi dhusun / ngulati panyuwunira / Sang Dyah Ayu Rayungwulan rêtnèng puri / pun dhalang Sapanyana //

nanging ngantos dumugi samangkin / wadya tuwan ingkang angupaya / dèrèng antuk pawartose / anênggih dunungipun / miwah wismanipun ing pundi / dahat elok kalintang / kya patih gya nungkul / sang bupati lon ngandika / yèn makatên paman mangkata pribadi / ulatana si dhalang //

poma paman dikongsi kapangih / sampun ngantos wangsul sira paman / yèn tan sarêng salakune / ki patih nêmbah mundur / mentar saking ngayunannèki / laju mêpak pra wadya / lan pêtinggi dhusun / enjang anêtêg têngara / samya bidhal samêkta gêgaman jurit / gantya kang winursita //

kawêdanan Kêmaguwan mangkin / ingkang lagi pêpak sinewaka / pra pêtinggi lan panggêdhe / ngandika Yuyurumpung / sanak ingsun para pêtinggi / ingsun miyarsa warta / yèn pêtinggi dhusun / Jêmbangan samêngko nêdya / ambalela iya marang jênêng mami / apa kapara nyata //

pirang seban tan ana kaèksi / Kudaswèngi mênyang Kêmaguwan / matur pêtinggi Mêteseh / kados sampun ping pitu / Kudaswèngi datan sumiwi / marak ngarsa paduka / yêktos wartosipun / yèn pêtinggi ing Jêmbangan / Radèn Kudasuwêngi tan arsa nangkil / sumeba Kêmaguwan //

malah kula wingi amiyarsi / bilih wontên pasêlir paduka / Rubiyah punapadene / pun Sênik lawan Limbuk / sami kesah nginggah-inggahi / mring pêtinggi Jêmbangan / dhasar warni bagus / Kudasuwêngi Rahadyan / marma mangke gumêndhung kêpati-pati / mêjanani paduka //

wartos badhe umadêg pribadi / datan nêdya ngèdhêp Kêmaguwan / Jêmbangan kinarya dhewe / kawêwadanan kang patut / angrèhakên para pêtinggi / mangkana duk miyarsa / wau Yuyurumpung / jaja bang mawinga-winga / angatirah netra amancêrêng andik / sora wêdaling sabda //

hèh hèh sira Si Kudasuwêngi / sukêr jêmbêr marus alêthêkan / kaya lanang lanang dhewe / ambêg digang-adigung / adiguna tan wruh ing isin / mara gamêl dèn enggal / wêtokna jaranku / sun arsa mênyang Jêmbangan / Kudaswèngi arsa sun cêkêl pribadi / tanggap gamêl gya mentar //

pra pêtinggi duk kalane uning / ing dukane wêdana Maguan / ing tyas samya kêkês kabèh / saking gênging jrihipun / datan ana wani cumuwit / sadaya gya samêkta / arsa atut pungkur / gamêl mêtu gawa jaran / Yuyurumpung enggal dènira nitihi / tan nêdya tolih wuntat /

[Pangkur]

Yuyurumpung nunggang jaran / sêdyanira arsa umangsah jurit / samêkta gêgaman pupuh / kêrise sinangkêlang / pêdhangira inganggar ing pupunipun / tumbak pinandhi ing asta / tamèng mungging asta kering //

angasta apusing jaran / angarêmpyok kalamun dèn tingali / mèmpêr lawan wujudipun / ngongkrong kaya kêmôngga / jaran mlaku pating krêmbyah yèn dinulu / samôngsa jaran anjola / Yuyurumpung amaringis //

angrasa kalamun lara / sikilira kêtapak sôngga wêdhi / kiwa têngên kêbak bubul / kang kiwa ana lima / ingkang têngên pitung mata cacahipun / marma kêrêp paringisan / samôngsa jaran anjondhil //

Yuyurumpung yèn cinôndra / mata kera untunira maringis / wêtêng bèkèl dhadha manuk / tangan karo kuwaga / pundhak brojol sikil kêncig kêbak bubul / nadyan kuciwa ing warni / nanging prawira ing jurit //

mangkya gantya winursita / ing Jêmbangan Radèn Kudasuwêngi / pinarak asila panggung / anèng sêrambi jaba / ngulir budi kênthêling tekad kapuntu / pinintal dadi sajuga / ngèsthi sumêdya ambalik //

tan seba mring Kêmaguwan / sêdyanira nêdya madêg pribadi / karana Si Yuyurumpung / tan adil traping prentah / benabeda. kasih sawênang-wênang ananung / tarocoh sok anyuwiyah / dupèh sura sêkti luwih //

ambêk digung adiguna / datan tolih marang patrap kang bêcik / sapa sira sapa ingsun / dupèh kinadang-kadang / Paranggurdha sang bupati marmanipun / sumêngah asêsongaran / nyata tan ana madhani //

(Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 71, 19 Mulud Taun Alip 1859, 5 Sèptèmbêr 1928, Taun III.

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1237] ---

Ôngka 71, 19 Mulud Taun Alip 1859, 5 Sèptèmbêr 1928, Taun III.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Bumi Êmas ing Tiga Binanga Tanah Karo

[Grafik]

Wujuding pasitèn kados ing gambar, anandhakakên bilih êloh, dados adinipun botên namung wontên ing sawangan kemawon, ugi mikantuki dhatêng kawilujêngan.

--- 1238 ---

Raos Jawi

Pabên (Crah).

Mênggah dhêdhasaraning watakipun manungsa punika beda-beda. Sanajan sadhèrèk tunggil bapa biyung pisan masthi inggih beda-beda. Ingkang pambajêng watakipun sabar, pandhadha kêras, sanèsipun watak sêdhihan lan sasaminipun.

Kabêkta saking beda-bedaning watak wau pancèn lajêng rêkaos manawi kêmpal tunggil kajêng. Sagêdipun kêmpal samôngsa wontên tiyang ingkang sagêd angêsuhi sadaya, lah punika paedah lan santosa, ringkês kêdah wontên panuntun ingkang cêkap.

Sadaya tiyang tamtu sampun anglampahi pabên kalihan semah, kônca lan sanèsipun. Sampun kok dhatêng semah utawi tiyang sanès, dhatêng badanipun piyambak kemawon asring pabên. Sintên ingkang dipun kawulani sabên tiyang? inggih punika kajêng. Sok wontên tiyang ingkang sagêd nêtêpi sasêdyanipun punika nama pilihan sayêktos. Ingkang kathah krêkat punika tiyang sampun sami gadhah, nanging lajêng mandhêg kabêkta saking aras-arasên utawi wêgah.

Wijining pabên dhatêng sanès punika warni-warni, upami: botên cocog manahipun, sabab saking goroh utawi cidra ing janji, kabêkta saking sumangkeyan lan anggêp, sabab saking murka lan sanès-sanèsipun, botên masthi pabên punika lajêng dados awon. Tiyang ingkang ngrumaosi kirang sêsêrêpan dipun lêpatakên masthi inggih purun, anggêr panyaruwe wau maton, punika malah anjalari indhaking sêsêrêpanipun. Têmah ing têmbe ngatos-atos sampun ngantos lêpat kados ingkang sampun.

Nanging kalimrahanipun botên. Mêntas pabên sêrikipun botên sagêd angicali, kêkêncênganing sêdya badhe pados reka murih lêpatipun sanès malih, têmah têrus kemawon pathênthênging pêpisahan. Manut wêwarahipun para sêpuh lan luhur, tiyang lêpat punika kêdah nyuwun pangapuntên dhatêng ingkang mêntas kasêrikakên. Cêthanipun kados ungêl-ungêlan ing ngandhap punika. ...

[Mijil]

Pangruwate dosa sawatawis / rèhne wus kalakon / tan lyan amung minta aksamane / mring kang samya sinakkên ing galih / praptaa pribadi / marang wismanipun //

yèn kaprênah tuwa pangkat inggil / ngabêktia gupoh / linairna ing kaluputane / lamun prênah nom pangkate inggil / mêngku mawa taklim / krama nut ing têmbung //

yèn kaprênah anom mênang inggil / dèn rahab pangrêngkoh / kabèh prihên lilihe rêngune / lamun ana rêrikuh ing ati / kamotna ing tulis / lawan têmbung alus //

lan nuwuna apuraning Widhi / tobata ing batos / …

Sêkar pukanipunika. anggitan dalêm suwargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV ing Surakarta. Mratelakakên kadospundi patrapipun tiyang ingkang ngrumaosi kalêpatanipun lan badhe mados rukunipun malih. Ing ngriku mratelakakên unggah-ungguhipun dhatêng [dha...]

--- 1239 ---

[...têng] satunggal-tunggaling priyantun ingkang mêntas sami crah badhe dipun suwuni pangapuntên. Awit botên dumèh nyuwun pangapuntên kemawon, lêpat-lêpat manawi patrap kirang tata inggih andadosakên sêsandhungan malih.

Ringkêsipun gêgaran kangge nanggulangi parapabên lan crah wau botên sanès malih kajawi rukun. Dados rikêsringkês. tumindakipun rukun punika supados sampun sulaya gêsangipun. Rukun, punika dados idham-idhamanipun sabên tiyang, minggahipun dhatêng bôngsa. Sintên ingkang rukun masthi botên pabên.

Namung samantên atur kula.

Kula

R.S. Citrasêputra, Surakarta

Môncawarni

Kasêtyan.

[Dhandhanggula]

kadya madu tumonton gambaring / Tuwan Ka Cin Syu wikmèstêwikmèstêr. Blabag / dhistrik Munthilan apdhlinge / Maglang Rêsdhènsi Kêdhu / kacariyos wiyosannèki / anèng Kêbumèn praja / Slasa Kliwon nuju / Wêlandi tanggal limalas / wulan Juni dene ta angkaning warsi / sèwu wolung atusan //

sèkêt wolu sarêng dungkap warsi / sèwu wolungatus swidak stunggal / binêkta tiyang sêpuhe / pindhah ing Balak dhusun / dhistrik Têgalrêja apdhèling / Magêlang dungkap warsa / sèwu wolungatus / langkungira swidak tiga / pindhah malih dumunung ing Sêmèn dèsi / anênggih dhêstrik Salam //

apdhêling lan parêsdhenan nunggil / ananging ta sarêng sampun yuswa / sawêlas taun nèng Sêmèn / nênggih Tuwan Ka Cin Syu / pakaryannya misaya paksi / srana klawan tulupan / kèh janma kang gumun / panulupnya awis lêpat / aprasasat ugêr nyipat paksi kêni / makatên pakaryannya //

[Grafik]

Tuwan Kho Tjien Sioe

sabên ari tansah nulup paksi / lare dhusun kathah kinthil wuntat / jêr kêsêngsêm ing awase / kalamun sontên mantuk / yayah rena tansah prihatin / mituturi ring putra / nging datan tinurut / mila ing sawiji dina / sing karsaning yayah rena ing samangkin / hyun pinrêdi sêkolah //

wus sarujuk tyang sêpuh kêkalih / nuju warsa sèwu asthatus lan / pitung dasa ing samangke / nênggih Tuwan Ka Cin Syu / sinakolahakên partiklir / anèng Ngayogyakarta / sarêng dungkap taun / sèwu wolung dasa sapta / dasa sanga karsane pamanirèki / swargi Tuwan Can Bun Tan //

kinèn bantu padamêlannèki / paktêr gadhe ing kampung Danurjan / sawêlas taun lamine/ [lami...]

--- 1240 ---

[...ne/] dungkap prapta ing taun / sèwu wolungatus prituwin / wolungdasa sasanga / Januari tèngsu / atanggal kaping nêmbêlas / tinanggênah ing pakaryan juru tulis / Wikmèstêr Tyonghwa Blabag //

Dhistrik sampun kasêbut ing nginggil / slikur warsa dados juru sêrat / tan wontên kalêpatane / marang pakaryan cakut / cukup cikat luwês têrampil / yayah Patih Suwônda / supramila sagung / bôngsa Tyonghwa kampung Blabag / sadayanya kathah sami ajrih asih / dungkap tumapak warsa //

sèwu sangang atus sanga nuli / amakili wikmèstêr ing Blabag / dupi tumêkèng warsane / sèwu lan sangang atus / langkungira sadayasadasa. nênggih / awit sing karsanira / jêng residhèn Kêdhu / Ka Cin Siyu gya ingangkat / têtêp dados wikmèstêr mila pra publik / sadaya sukur suka //

bôngsa Tyonghwa lan bôngsa pribumi / warna-warna ing kêkaulira / wontên ingkang nanggap ronggèng / wontên kêng tlèdhèk munyuk / kampung Koplak Tuwan K. T. Swi / ngauli nanggap wayang / ngantos kalih dalu / angaturi para mitra / lampahannya Dyan Nangkula dadya aji / nahan ta kawuwusa //

tanggal bèh ji / Agustus kang warsi / sèwu sangang atus kalih dasa / tampi ganjaran wiyose / saking kangjêng sang prabu / ing Nèdêrlan ganjarannèki / awarni bintang perak / tan watara dangu / Tuwan Ka Cin Syu ing Blabag / wus rumaos tan bangkat anambut kardi / margi sêpuhing yuswa //

katambahan cacacacat. mripatnèki / kirang awas manawi anyêrat / aksara kathah tumpangso / awit saking puniku / mila swiji dina tumuli / tuwan wikmèstêr Blabag / adarbe panuwun / katur ing kangjêng parentah / nuwun lèrèh saking padamêlannèki / wikmèstêr Tyonghwa Blabag //

margi sampun sêpuh yuswanèki / datan bangkat ngasta padamêlan / mila badhe nuwun lèrèh / datan watara dangu / nuju tanggal sêlikur April / nêngih warsa punika / jêng kontrolir rawuh / kanthi wadana Munthilan / rawuh Blabag jumujug ngastenan Mungkit / akarya pakêmpalan //

para bôngsa Tyonghwa dèn timbali / pakêmpalan anèng asistenan / tantra dangu kêmpal kabèh / tuwan kontrolir sampun / paring priksa marang sanggyaning / kang para bôngsa Tyonghwa / yèn Tuwan Ka Cin Syu / nuwun lèrèh padamêlan / mangkya sintên ingkang krêsa anggantyani / pangkat wikmèstêr Blabag //

kang dinangu sami saur paksi / sadayanya matur datan sagah / sêngadine boya tèyèng / awit saking puniku / mila kangjêng tuwan kontrolir / kagungan pamrayoga / jêr tuwan Ka Cin Syu / nuwun lèrèh padamêlan / wit wus sêpuh nging tan wontên kang gantyani / mila sing karsanira //

kangjêng tuwan anêtêpkên malih / yèku Ka Cin Syu wikmèstêr lama / datan kalilan alèrèh / têtêpa pala kampung / sarta kêdah mawi jru tulis / lawan jongos satunggal / dene gajihipun / para bôngsa tyonghwa ingkang / kabubuhan sabên wulan kang ngêdali / sadaya matur sagah //

sapunika dados têtêp malih / Tuwan Ka Cin Syu nglajêngkên pangkat / pêndhudhuk suka manahe / awit Tuwan Ka Cin Syu / wus kasuwur sabar pênggalih / lamun bawahnya drêdah / enggal dènnya ngakur / jêr suthik sangêt prakaran / mila kula saking ngriki bikak topi / lotya panjang kang yuswa //

--- 1241 ---

lan atulus gyanira ngrênggani / padamêlaning kangjêng parentah / widada ing salamine / aywana nyondhang-nyandhung / lan manggiha kawiryan luwih / tumrah ring garwa putra / wayah tuwin buyut / titining kanang walgita / ping wolulas Ogustus warsa puniki / Ka Cin Swi Surakarta //

Karangan ing ngingil punika pancènipun kirang wigatos, awit mênggahing lêlabêtan tuwin tiyang ingkang angsal bintang, punika kathah, dene ingkang kawigatosakên, dene Tuwan Ka Cin Swi punika bôngsa Tionghwa têka sagêd ngarang Jawi mawi sinawung ing sêkar, sanadyan dèrèng nama punjul, nanging ugi nama dados satunggiling kamajêngan ingatasing bôngsa Tionghwa.

Red

Bab Têtanêman

Kênthang Cêmêng inggih Kênthang Jawi

Kênthang cêmêng punika inggih bangsaning pala kapêndhêm, dene pananêmipun kêdah milih siti lêmpung, siti gêmbrung utawi siti pasir.

Sitinipun kêdah dipun garap ngantos êmpuk, manawi siti lêmpung prayogi dipun êgoli rumiyin, lajêng dipun gula-gula, prayogining panggarap manawi ngajêngakên môngsa jawah, dados samôngsa kadhawahan jawah, sitinipun lajêng mawur.

Ingkang kangge wijinipun kênthang ingkang sampun thukul, dene ingkang prayogi nanêm sêmpelanipun uwit. Patraping adamêl wiji ingkang badhe katanêm makatên:

Amiliha pasitèn sawatawis kapaculan ingkang ngantos mawur, lajêng dipun tanjani kênthang, dipun ingah ngantos ngrêmbuyung. Samôngsa jawahipun sampun ngrêcèh, pang-panging uwit kapunggêlana, lajêng têrus dipun tanjakakên ing pasitèn ingkang sampun dipun garap wau, gaganging wit kênthang wau lajêng dipun cublêk-cublêkakên ing siti, prêlunipun nangguh môngsa jawah ngrêcèh, supados tanjananatanjanan. wit kênthang wau sagêd lêstantun sêgêr, wusana têrus gêsang.

Opèn-openanipun namung dipun dhangir, kaping kalih, kaangkah samôngsa siti sampun atos, dados salêbêtipun nanêm, siti kêdah tansah anggronggong, pikantukipun badhe ngathahakên wohipun.

[Grafik]

Samôngsa godhongipun sampun jêne saha sampun anggègrègi, punika sampun wancinipun ngundhuh,

--- 1242 ---

lajêng dipun dhudhuki tuwin dipun cokèri ingkang ngantos gêmêt, saha lajêng kenging dipun simpêni ngantos lami.

Panyimpêning kênthang cêmêng punika kêdah kikrik, sasagêd-sagêd milih papan ingkang pêtêng, awit manawi kenging rêrêgêd, kados ta kêcipratan upa tuwin sanès-sanèsipun, lajêng sagêd bosok utawi angglembosi.

Kênthang cêmêng punika pangolahipun namung dipun godhog, nanging panggodhogipun botên kados salimrahipun tiyang anggêgodhog, toyanipun kêdah namung sakêdhik, dados namung mêndhêt sumubipun kemawon, awit manawi panggodhogipun kacakan toya, matêngipun dados kirang pulên, lan ingkang prayogi kadekekan apu, dayanipun sagêd adamêl pulêning kênthang tuwin mindhak cêmêng.

Kênthang cêmêng punika ugi kenging kangge brêgêdèl, nanging raosipun kirang eca, sajak ngêmu toya.

Dene ingkang langkung eca, manawi dipun kêluwa, pangolahipun, sasampunipun dipun godhog, lajêng dipun kêlècèpi, dipun kum ing toya apu. Lajêng damêl toya gêndhis ingkang ngantos kênthêl, kênthang wau lajêng dipun cêmplungakên têrus dipun olah ngantos dados gulali, ing ngriku raosipun lêgi pulên.

Kênthang cêmêng punika ugi dados satunggiling asil ingkang mikantuki, pananêmipun gampil, manawi dipunsade dhatêng pêkên, pêpajênganipun lumayan.

Kawruh Warni-warni

Misaya ulam lele

Nyambêti panjurung kula bab mêron ing Kajawèn ôngka: 60.

Wôntên malih pratikêl pados ulam lele ing lèpèn susukan (sanès lèpèn agêng). Inggih punika mawi pirantos pancing kawat utawi tosan, nanging patrapipun pamancing botên salimrahipun tiyang mancing-mancing punika, punapa malih êmpanipun (pakanipun) prêcil, katranganipun kados ing ngandhap punika, dipun wastani nyimplung.

Ing wanci sontên jam 3-4 têtiyang ingkang badhe nyimplung sami ngupados prêcil ing sabin, pamilihipun kaangkah cangkêm lele sagêd kolu nyaplok, pirantosipun pados prêcil ngangge tugêlan papah pisang kasigar minôngka gêbug, manawi sampun angsal lajêng kasudukan ing sujèn alit prênah pukangipun sisih, dados prêcil botên ngantos pêjah, tur mangke manawi kangge sarana gampil pamêndhêtipun kaurut saking sujèn.

Ing wanci sêrap surya, limrahipun ulam lele sami mêdal saking ngêrong pados mangsan. Ing môngsa punika pancingipun lajêng kadekekan êmpan, inggih punika prêcil wau cangkêmipun dipun lêbêti pancing ngantos têmbus ing silit, lajêng pucuk pancing kaenggokakên angsal pukang sisih, dene sisihipun kakêthok murih botên pating kruwis ngalèwèr, [nga...]

--- 1243 ---

[...lèwèr,] awit murugakên gagal, ing ngriku mêsthinipun pucuk pancing katingal nyongat sawatawis, punika botên dados punapa. Kênur pancing botên prêlu panjang, 2 kilan sampun cêkap, walêsanipun dêling ongotan kaangkah ragi watawis lêmês, paedahipun supados botên asring gagal. Sasampunipun makatên wiwit dipun lêkasi, inggih punika pancing wau botên kakèndêlakên kemawon, kêdah tansah dipun dhêdhêti, sarta kaplung-plungakên sanginggitsanginggil. toya kemawon, awis kêrêping pandhêdhêtipun sami kalihan êlêting ungêlipun loncèng tembok, dados pratikêl wau kados sacaranipun prêcil gêsang acolot-colot ing lumahipun toya, namung colotipun panggah (manggèn kemawon) pramila tansah nyabawa: plung, plung, plung, plung, satêrusipun ngantos ulam lele, kotès utawi wêlut mirêng, botên dangu murugi sarta ngancang-ancangi badhe nyaut êmpan. Manawi sampun kraos kacaplok saha kasèrèd, nuntên kasiyata (kasêndhal) ulamipun kenging. Dene êmpan wau yèn taksih wêtah kenging kangge malih, tarkadhang prêcil satunggal sagêd ngantos kangge 4-5 rambahan.

Sakecanipun tiyang nyimplung: botên prêlu ngolah-ngalih panggenan, sagêd sinambi sila utawi ambêkta lênggahan dhingklik kemawon, awit tiyang mancing nyimplung punika kêdah sabar, saya dangu saya kathah ulam kamirêngan saha murugi, mila ulam sami kumruwêt ngrubung pancing, sajakipun kados arêbat titis nyaut êmpan, pundi ingkang têpak panyandêripun inggih punika ingkang sagêd ngêmplok pancing saêmpanipun, wasana kenging, makatên satêrusipun ngantos angsal ulam kathah.

Papan panyimplungan kenging dipun tata sadèrèngipun, inggih punika ing pinggir lèpèn kadamêlna tèbèng ngalangi santêring toya mawi sangkrah punapa kepang blarak utawi gêdhèg, kaangkah murih lele sênêng manggèn sawingkingipun tèbèng wau, awit toyanipun lajêng lindhuk, murugakên antêng dhawahipun pancing kadhêdhêtan.

Kajawi ingkang kasêbut nginggil, nama tuwin pratikêl mancing taksih kathah kados ta: mancing lodhok, mancing jêgog, mancing kilap, utawi gêlap, mancing timbul saha sapanunggilanipun. Nanging tumraping lele kirang mikantuki.

Sanèsipun punika wontên malih pratikêlipun ngalap ulam lele ingkang kalêbêt gampil inggih punika dipun wastani masang icir utawi pancir, kados ingkang kasêbut sêrat pamisayanipun ulam lèpèn punika sampun cocog, nanging bab nyimplung botên pinanggih ing buku wau, pramila kados wontên prêlunipun anggèn kula nyêrat punika, dene sadaya wau sampun sarana kula sipati piyambak, ewasamantên inggih namung nyumanggakakên, masa-borong.

Nirasa.

--- 1244 ---

Jagading Wanita

Lawuhan ingkang sapele, nanging miraos.

1. Kukusan sêkar pisang (tuntut).

Mundhuta sêkar pisang kapok ingkang mêntas najin, sasampunipun dipun klothoki kulitipun ingkang sêpuh, lajêng kakukusna bêthak. Jodhonipun sambêl trasi. Inggih punika: Trasi agêngipun sakêmiri, sarêm 1 kêcik, lombok gumantung ingkang ngrêsakakên pêdhêsipun.

Lajêng dipun ulêg ingkang lêmbat. Pandhaharipun sabên nyuwik kukusan sêkar pisang lajêng kalethokakên ing sambêl, dados kêdah sarêng pandhaharipun, botên kenging gêntosan.

Sêkar pisang kenging milih sakêrsanipun, kaangkaha sêkar pisang ingkang botên sêpêt.

Sêkar pisang botên kenging kêcêlup ing toya utawi dipun godhog, kêjawi namung kakukus.

2. Trasi tempe dhêle

Mundhuta tempe waras, kalih sèn dipun abêni: lombok rawit 5 iji, bawang 2 siyung alit, sarêm 2 kêcik, gêndhis jawi sakêcik.

Tempe lan abên-abênan wau lajêng kaulêga ingkang lêmbat. Mênawi sampun lajêng kaglintiri kados brêgêdèl, lajêng dipun êpe. Manawi sampun kalih dintên kenging kadhahar kangge lawuh. Pandhaharipun kenging dipun gorèng utawi dipun bakar. Ingkang eca yèn dipun bakar.

3. Gangsiran

Mundhuta godhong luntas sawatawis, kaprithilana lêmbaran. Lajêng kagorènga kalihan tigan ayam mawi kacolok sarêm. Panggorèngipun sabên salêmbar kacêlupakên ing tigan, botên kenging kasarêng (kacampur), punika raosipun kados gangsir.

4. Sambêl lethok bungkil.

Mundhuta tempe bungkil 2 sèn, dipun rajang-rajang sarta dipun bumboni: trasi 1 klungsu, sarêm 1 kêmiri, brambang 2 glintir (alit), bawang 2 siyung (alit), salam 2 lêmbar, gêndhis jawi 3 kêmiri, laos 1 kêcik, lombok sakaparêngipun, santên klapa 1/4.

Manawi sampun cumawis sadaya lajêng dipun ulêg. Kangge ambumboni tempe rajangan wau, tumuntên kagodhog.

--- 1245 ---

5. Pepesan ulam kutuk sarta wêlut.

Mundhuta ulam kutuk sarta wêlut ing sacêkapipun. Lajêng kagodhog. Sasampunipun matêng êrinipun kabucalana. Bumbunipun: bawang 2 siyung alit, brambang 2 iji (alit), salam 2 lêmbar, laos 1 kêcik dipun iris-iris, lombok sakaparêngipun.

Punika sadaya dipun ulêg sarta dipun ulêt kalihan daging kutuk utawi wêlut, lajêng dipun pès.

Wasana bokbilih wontên kêkiranganipun kula sumanggakakên dhatêng para ingkang ambêtahakên.

Radèn Rara Wakirah Dirjasubrata, Kêtandhan, Klathèn

Bedaning Pangintên Dhatêng Kawontênaning Nagari Sawahlunta

Tumrap bôngsa Jawi nagari Sawahlunta punika sampun dipun mirêngi ing tiyang dangu sangêt, dene kêlimrahipun, ing ngriku punika dununging pambucalanipun tiyang dêdosan, malah lokipun panggenanipun botên kenging dipun dhatêngi ing tiyang, dening dipun anggêp nagari pangalapan, jalma mara jalma mati.

[Grafik]

Pangintên ingkang kados makatên wau ragi wontên gèsèhipun sakêdhik, mênggah têrangipun, ing Sawahlunta punika wontên papan pamêlikanipun arêng, dene ingkang nyambut damêl para tiyang paukuman, sampun tamtu kemawon mênggahing tiyang paukuman punika awrat damêlanipun. Nanging mênggah kawontênanipun kitha, kenging dipun wastani malah nêngsêmakên.

Kados gambar ingkang kacêtha ing sisih punika, pasitènipun katingal parêdèn, ing ngriku wontên papan pamêlikanipun arêng sela, ingkang dados pakaryan agêng, papaning pamêlikan dipun wastani Ombilin. Mêndhak mêndhukuling siti ingkang kêtingal ing ngriku, sarêng dipun wangun kitha, malah lajêng mujudakên dados sawangan ingkang nêngsêmakên, krêtêg agêng tumumpang ing lèpèn dados sêsambêtaning margi, margi undhak-undhakan ingkang nyêngkrèk, punika anjog ing kantor asistèn residhèn, sadaya wau sami dados rêrêngganing praja.

--- 1246 ---

Pasar Gambir

[Grafik]

Kawontênanipun pasar Gambir ing Batawi. 1. Gapuraning pasar Gambir. 2. Papan padhasaran buku Bale Pustaka, sadhiya buku tuwin kalawarti warni-warni. 3. Ing salêbêting pasar Gambir tuwin gapuranipun. 4. Ing perangan têngah, mêtha kawontênanipun nagari Walandi ing jaman rumiyin. 5. Ing perangan wingking.

--- 1247 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Pasar Gambir ing Batawi

Petruk : Wong malarat ora duwe manis / sabên dina atine mung uwas / wis kêntekan piandêle / adhakane mung bingung / wong sing potang wis ora sudi / samare yèn dikêmplang / lan manèh awakku / tansah kêgêdhèn rumasa / sabên ana wong kumlebat tak arani / arêp anagih utang //

[Grafik]

Garèng : Lho, Truk, wong lagi klengkang-klèngkèng andhandhangula bae, barêng aku têka kathik mak brubut arêp lumayu, apa aku kiyi kok anggêp lampor sing gawene nginggatake bocah, apa kok anggêp wèrêk dhèli, sajakmu kok gilapên mêngkono. Ing môngka rumasaku anggonku dandan iya wis dak kayang têmênan, nganti kaya priyayi kandhidhat magang êlêpsêkripêr.

Petruk : Wong ora urus kok saya andadi mêngkono, wong arêp lumêbu ing ngomah uwong kuwi bok iya nyêbawa dhisik, apa: kula nuwun, apa: asalamu ngalekum, nèk cara Walônda iya: sêpadhah, ora-orane bok iya muni: hal-lo, dadi aku wêruh sapa sing têka, ujug-ujug kok mak bêdhêngus bae, dak arani wong arêp nagih utang, nganti atiku lap-lapan kaya wong kelangan bêdudan.

Garèng : We la kurang ajar, ana atine lap-lapan kathik sabab kelangan bêdudan, sajake kathik kaya wong sing wis ngêthèl nyang candu ngono. Ora, Truk, aku arêp takon, mungguh kang dadi karibêtanamu kuwi apa, kok nganti wêdi ditagih utang. Kaya-kaya cilik-cilik saiki kowe wis jumênêng dara priyayi, tur blanjane iya wis rada lumayan, kok nganti sugih utang, kuwi apa jalaran kowe mêntas kalah main, apa jalaran mêntas duwe êmbok ênom anyar.

Petruk : Rèng, Rèng, wong kuwi bok aja siya-siya, dumèhane aku kiyi ora sêkolah Holan sêprikên, dianggêp anduwèni tindak cara kuna, nyêlir barang, wis ora bae. Nèk aku, bojo siji wis cukup, anggêre aja pintêr-pintêr, dadi aku arêpa rundha sawanci-wancine, ora bakal ngalang-alangi.

Garèng : E, kurang ajar, suprandene anggêpe kaya bangsaning kaum mudhah, jêbul-jêbul golèk bojo bae ngarah sing bodho, prêlune nurutan, gampang diapusi, kuwi arane rak mung arêp amburu nyang kasênêngane dhewe. Ngrêtia Truk, wong duwe bojo kang pintêr kuwi rak gêdhe bangêt mupangate, jalaran: bojo pintêr kuwi bisa ngelingake nyang lakumu kang ora pantês, bisa ngênglipur atimu yèn kabênêr kowe

--- 1248 ---

lagi susah, bisa ngopèni omah, kang anjalari kowe banjur ora tansah jlang-jlangan kaloyongan bae, bisa anjaga panganmu, kang anyababake kowe ora banjur tansah ngundang bakul pêcêl utawa bakul sate, lan sapiturute, apa manèh yèn duwe anak, bojo kang pintêr mêsthi bisa ngupakara anak kanthi sampurna. Wiyah, kok banjur nylèwèng rêmbuge, kowe durung mangsuli mungguh ing pitakonku, sababe apadene kowe saiki sugih utang.

Petruk : Kuwi dudu salahku, Rèng, ananging salahe para kang padha nganakake pasar Gambir.

Garèng : We, la, judhêg aku, ana kok banjur nyalahake nyang para sing nganakake pasar Gambir, mungguh karêpmu kapriye, Truk.

Petruk : Apa mèmpêr, nganakake pasar Gambir bae kok tangal 28, dadi mangsane wong wis ora duwe dhuwit. Bok iya diwiwiti tangal 1 utawa tangal 2 mêngkono, dadi mêntas balanjan. Barêng tangal 28 kuwi rak mangsane kanthong wis ludhês, arêp anggadhèkake barang, ora ana barange sing mèmpêr, kang iku aku banjur kapêksa sowan Tuwan T.t.t.

Garèng : Lho, sapa kuwi, ana tuwan jênêngane kok T.t.t.

Petruk : Wong Kang Garèng kawruhe pancèn isih kurang bangêt, rungokna dak kandhani, nèk-nèke besuk ana prêlune, Tuwan T.t.t. kuwi jarwane mangkene: T. = tien (sêpuluh), t = twaalf (rolas), t = terug (bali), dadi karêpe, yèn kowe duwe kaprêluan dhuwit, bisa utang nyang tuwan mau, nèk utang f 10.- anggone ambalèkake f 12.-

Garèng : E, sêmbrana, dadi cêkake, saking kadêrêngmu arêp nonton pasar Gambir, ing môngka durung blanjan, kuwi kowe banjur nekad utang mênyang bangsane lintah dharat. Iya ora maido, yèn wusanane kowe banjur sugih utang. Wong urip kuwi bok sing ati-ati. Nênonton kuwi rak ora pati prêlu, cêkake rak mung arêp golèk kasênêngan lan kaplêsiran. Wong urip arêp golèk kaplêsiran, kuwi pancèn iya ora kêna dipaido, mung bae kudu tansah prayitna, kaplêsirane mau ing têmbe burine aja nganti gawe karugiane awake. Mungguh sing kok dêlêng ing pasar Gambir kuwi apa bae.

Petruk : Wah, warna-warna bangêt, Rèng, liya dina dak critakne sing nganti kompêlit, saiki cukup dak tuduhi gambare bae, kaya kang kacêtha ing sisih kiyi.

(Badhe kasambêtan)

Nglêrêsakên kalêpatan

Ing Kajawèn nomêr 69-70 titimôngsa ing jawi ingkang mungêl 1 Agustus punika klintu, lêrêsipun 1 Sèptèmbêr kauningana. Red.

--- 1249 ---

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking sêrat kabar sanès

Pambantu Kajawèn ing Surakarta ngabarakên prakawis mandhat palsu f 16.500.-, ingkang dumados ing kantor kapatihan Karaton Surakarta, kados ingkang sampun nate kawartosakên wontên Kajawèn ngriki, dumugi sapriki siyos kalajêng botên angsal lacak ingkang kangge ngurus prakawisipun. Sapunika lajêng wontên wartos têrang, bilih bab wau nagari sampun andhawuhakên sêrat kêkancingan, icaling arta samantên wau, ingkang sapara tigan = f 5.500.- nagari ingkang dumunung kecalan nanging ingkang f 11.000.- katêmpahakên dhatêng priyantunipun garap, kas udhêr satunggal kalihan kasir kalih, namung pambayaripun lêlintu wau kaparêng nicil saking sapara tiganing balanjanipun. Kajawi punika kawartosakên malih, bilih nagari anggantungi ganjaran arta kathahipun f 500.- dhatêng sintên ingkang sagêd ngaturakên têrangipun urusan ngantos sagêd cocog ing bab dumadosing mandhat palsu wau.

Pasamuan agêng mahargya jumênêng dalêm Kangjêng Gusti Mangkunagara sampun 12 ½ taun, ing dintên malêm Salasa tuwin malêm Rêbo tanggal kaping 4-5 Sèptèmbêr punika, ing dalêm Mangkunagaran dipun wontênakên pista dhansah, lajêng dalunipun malih ringgitan tiyang, mawi anyêdhahi tamu-tamu pangagêng utawi para luhur Jawi Walandi saking sanès nagari.

Sawêg salêbêtipun minggu ingkang kapêngkêr punika, tuwan pangagêng dhinês nagari bab ahli barang kina, saking Batawi rawuh ing Surakarta, lajêng sêsarêngan kalihan tuwan gupêrnur ing Surakarta, Kangjêng Gusti Mangkunagara tuwin para pangagêng sanès-sanèsipun Jawi Walandi, têdhak dhatêng ing sukuning rêdi Lawu, miyos ing Karangpandhan, prêlu mariksa kawontênanipun rêca-cêca kina ing rêdi Sukuh.

Kawartosakên bilih bêstiring Tionghwa Hwe Kwan ing kadhistrikan Baturêtna (Wanagiri), gadhah sêdya badhe damêl karamean pêkên dalu kadosdene ingkang sampun kalampah ing sanès-sanès panggenan, angsal-angsalanipun bêbathèn prêlu badhe kangge tambah kakiyatan adêging sêkolahan Tionghwa wau ing kadhistrikan ngriku. Samangke dèrèng wontên dhawuh saking parentah nagari katêrangan kaparêng lan botênipun.

Ing bab wontêning kêbêsmèn ing kampung Peuteuj sacêlakipun Jasinga, ingkang ambêsmi griya cacah wuwung 137 tuwin adamêl kapitunan f 30.000, ing sapunika ing Bogor sampun wontên ingkang damêl komite kangge mitulungi têtiyang ingkang griyanipun sami kêbêsmi. Ingkang dados pangayoman tuwan residhèn ing Bogor, pangarsa ingkang bupati, panitra tuwin ardana tuwin asistèn residhèn.

Salêbêtipun karamean Sakatèn ing Surakarta punika kabikak, sabên dintên wanci nyarêngi untabipun tiyang ningali, pakêmpalan Mukhamadiyah ing sakala tansah angidêrakên sêrat-sêrat sêbaran kasukakakên dhatêng têtiyang kathah kalihan lahanan, ingkang suraosipun asung wêwarah utami tumrap agami Islam.

Tuwan Harun Alrasid, jurnalis ing Surakarta, ingkang sapunika dipun singkirakên dhatêng Dhigul, kintun sêrat dhatêng kuwanuhanipun, bilih ing ngrika wontên komite ngêdêgakên masjid, saha sampun kalampahan ngêdêgakên masjid, cêkap dipun angge sêmbahyang tiyang 500.

Anyarêngi dhawahing dintên wiyosan dalêm Kangjêng Ratu Ibu, kathah têtiyang ukuman ing pakunjaran Glodhog ingkang angsal pangapuntên. Wontên tiyang 40 ingkang dipun luwari, ingkang kathah tiyang saking tanah sabrang. Têtiyang wau kathah ingkang ukuman agêng ingkang sampun anglampahi paukuman saha gadhah tindak sae. Tuwin taksih kathah ingkang angsal sudan namung wulanan.

Ing tanggal 31 Agustus, têtiyang ewah ing griya sakit ewah ing Bogor, nanging ingkang sampun ragi sabar, sami dipun barisakên mawi musik wontên salêbêting pakarangan griya sakit, mawi ambêkta bandera alit-alit, lajêng kajujugakên ing griya ingkang dipun rêngga-rêngga saha dipun sadhiyani kasênêngan warni-warni. Sasampunipun sami dipun sukani ngombe tuwin panganan.

Sawênèhing kampung ing Pasar Minggu, Mèstêr Kornèlês, tuwuh sêsakit kewan. Ingkang punika para juru sade puhan sami dipun dhawuhi ing dhoktêr, puhanipun ingkang kasade supados dipun godhog rumiyin, tuwin rajakaya ing ngriku botên kenging kabêkta kesah utawi momoran kalihan rajakaya sanès panggenan, dene bab sêsakitipun, dhoktêr dèrèng sagêd amastani ingkang gumathok, sawêg kapriksa. Dhêdhawuhan sadaya wau manawi wontên tiyang ingkang botên ngèstokakên, badhe wontên paukumanipun.

Dados pangarsa landrad ing Ngawi tuwin Magêtan, Radèn Musidi. Dados patih ing Kraksaan, Mas Wijayadisena, rumiyin patih ing Nganjuk. Dados patih ing Lumajang, Radèn Budiharja, rumiyin wadana. Dados patih ing Nganjuk, Mas Ngabèi Rêksa Amipraja, rumiyin wadana.

Wontên pawartos, rawuhipun nata ing Siyêm ing tanah Jawi, wontên ing wiwitaning taun ngajêng.

--- 1250 ---

Rumiyin wontên tiyang èstri kêkalih, biyungipun golongan komunis ingkang kasingkirakên dhatêng Dhigul, ngêtutakên anakipun, nanging sarêng wontên ing margi kakintunakên wangsul. Ing sapunika wontên wartos, biyunging tiyang ingkang kasingkirakên dhatêng Dhigul, kenging ngêtutakên.

Tangal 1 wulan punika, P.P.P.K.I. ing Surabaya adamêl konggrès ing Surabaya, ingkang dhatêng kintên-kintên wontên tiyang 2000, pangarsa mistêr Iskaq, utusaning pamarentah tuwang Gobee, tuwin van der Plas. Tuwan Sasramijaya amêdhar sabda. Tuwan Parada Harahap atas namaning Sarikat Sumatra kapengin nyambut damêl sêsarêngan. Utusan Sarikat Ambon badhe mahamakên ancasing P.P.P.K.I. rumiyin.

Pangrèh B.O. saking Banyumas, mêntas pêpanggihan kalihan pangrèh Rukun Wanita, prêlu sami ngêtingalakên dhêdhasaring pakêmpalan piyambak-piyambak, lajêng nêtêpakên badhe nyambut damêl sêsarêngan.

Para militèr ingkang kadakwa tumut ebah-ebahan komunis ing wulan Juli 1927 ingkang kathah saking tangsi ing Bandhung tuwin Cimahi, sampun dipun rampungi ing pangadilan militèr, dipun ukum tuwin dipun lorod saking pangkatipun, ingkang bôngsa Mênadho wontên 30, sanès-sanèsipun tiyang Jawi.

Ingkang Bupati ing Madiun, Radèn Mas Adipati Arya Rôngga Kusnadiningrat, sapunika angsal sêsêbutan: pangeran.

Angsal sêsêbutan Arya, Radèn Tumênggung Gônda Saputra, bupati ing Lêbak. Radèn Tumênggung Surya Jayanagara bupati ing Bogor. Radèn Tumênggung Surya Miharja, bupati ing Krawang. Radèn Tumêngung Abdurrahman, Bupati ing Mèstêr Kornèlis, ingkang sapunika nuju wontên nagari Walandi.

Landrad ing Sumêdhang mêntas ngrampungi prakawisipun Diranta, Sarmai, Watma, sarta Marjuki, sami kadakwa damêl saha ambiyantoni damêl arta kêthip palsu, Diranta kaukum 4 taun, Sarmai sataun, dene Watma tuwin Marjuki kaluwaran.

Kala tanggal 30 Agustus punika P.N.I. damêl konggrès wontên ing Grêsik, ingkang nyêpuhi Insinyur Sukarna, Dhoktêr Sutama, sarta Tuwan Anwari, amtênar urusan prakawis tiyang siti ugi anênggani.

Awit saking rekadayanipun Nonah Siti Rahayu, guru èstri ing Surabaya, mêntas adamêl parêpatan kalihan para wanita ingkang taksih ngudi pasinaon, wontên ing gêdhong sêtudi klup. Lajêng ngêdêgakên satunggiling pakêmpalan dipun namakakên Poetri-Indonesia, ingkang ancasing sêdyanipun botên ngêmori pulitik. Pangarsa Nonah Siti Rahayu, panitra Nonah Kartini, ardana Nonah Anah. Sapunika warganipun wontên 16.

Margi-margi ing padhusunan bawah Ngayogya ing sapunika dipun wiyarakên 5 mètêr. Ingkang makatên wau badhe anggampilakên lampahing têtumpakan.

Kala tangal 30 Agustus H.B.P.G.B. tuwin H.B.S.G.B. sami pakêmpalan guru bantu, rêmbagan badhe nunggil, papaning pangrêmbag wontên ing Bandhung, karampunganipun sagêd kasêmbadan, benjing kongrès ngajêng katêtêpakên.

Badhe têdhak dalêm kangjêng tuwan ingkang wicaksana ing wulan punika, rancanganipun makatên: Tanggal 6 jam 5.20 sontên bidhal saking Tanjungpriuk nitih kapal Wega, dipun iring ing kapal pêrang Krakatao. Tanggal 8 jam 7 enjing dumugi ing bètèng (Japara), ingkang wicaksana badhe rawuh mriksani griya sakit leprah ing Danaraja tuwin griya sakit sèndhêng ing Nèlèt. Jam 1 wangsul dhatêng kapal bidhal dhatêng Banjarmasin. Tangal 10 dumugi Banjarmasin. Tangal 11 jam 7 enjing, bidhal dhatêng Kêndhangan mampir Martapura tuwin Ranto. Tangal 12 jam 7.15 bidhal dhatêng nagara mriksani Tèntunsètêlêng. 14 rawuh ing Bolèlèng, têdhak dhatêng Mundhuk lajêng wangsul. 15 Jam 8 enjing têdhak dhatêng Gitgin, lajêng dhatêng Kintamani, mampir ing griya-griya suci ing Singaraja tuwin Kubutambahan. 16 dhatêng Bangli, Klungkung, Gèlgèl, wusana dhatêng Karangasêm mampir Rêndhang tuwin Sêlat. 17 bidhal dhatêng Gianyar, Pêjing, Gunungkawi, Tirtagêmpul tuwin Dhènpasar. 18 dhatêng Tabanan, wangsul dhatêng Dhènpasar. 19 pêrgadring kalihan para kapala bôngsa Bali tuwin para amtênar Eropah. Nitih kapal ing Bênowah dhatêng Ampênan, jam 5 dumugi ing Ampênan. 20 jam 8 dhatêng Narmada tuwin Gêbongdham, têrus dhatêng Suleyan, wusana wangsul dhatêng Mataram. Jam 4.30 bidhal nitih kapal dhatêng Tanjungpriuk. Tanggal 29 tumuli Tanjungpriuk.

Pangadilan landrad ing Surabaya nêdha têtanggêlan arta f 50.000 kange lêlintu dhatêng Tuwan Tjia Aan Toen tuwin Tan Hwat Sioe ing bab anggènipun sami dipun tahan wontên ing jawi, kadakwa adamêl kapitunan pirmah Hoo Lie & Co. ing Surabaya. Prakawisipun badhe kapriksa wontên ing wulan ngajêng.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 625 ing Sêmarang. Wisêl f 3.- tumrap Juli - Dhesèmbêr sampun katampi. Conto Kajawèn kangge R. Sumadiharja sampun kakintun.

Langganan nomêr 735 ing Pasar Paing (Tulungagung). Pos wisêl f 2.50 sampun katampi. Inggih punika tumrap pambayaran wulan Sèptèmbêr 1928 dumugi Januari 1929.

Langganan nomêr 1494 ing Goranggarèng (Magêtan). Pos Wisêl f. 1.50 ingkang nêmbe kula tampi punika, tumrap kwartal kaping 4. Dados botên prêlu ngaturi blangko malih.

--- 1251 ---

Wêwaosan

Sêrat Kêmbang Jaya

Dening Md. Dohiri

2

[Pangkur]

jroning pamawas tan uwas / Kudaswèngi ngantêpi tekadnèki / kêndêl ngandêl andêlipun / jroning tyas ciptanira / lamun nêdya brêgagah yya kongsi rubuh / obah rêbah kasulayah / minggrang-minggring katalêring //

sajrone ngulir gagasan / pan kasaru wau ta ingkang prapti / katingal pating garubyug / katri wanodya endah / gya ingawe katiga sami umaju / umarak mangaras pada / gya dinangu pinangkaning //

miwah apa kang sinêdya / dene katon asajak gita-gati / katri wanodya umatur / amba sêlir wadana / Kêmaguwan pun Rubiyah Sênik Limbuk / mendra saking jroning pura / sumêdya ulun angungsi //

sowan ulun ing paduka / saking wisma sumêdya andêdasih / sumarah karsa sang bagus / lamun sudi anyandhang / kêparênga dadi juru dang pangangsu / sukur karsa amundhuta / juru panêbah jinêmrik //

wau ta katri wanodya / gènnya matur sarwi ngujiwat liring / ngêla-êla mêmalatkung / lêlewa tan katara / dhasar ayu mêrak-ati yèn dinulu / kengising waja gumêbyar / apindha gêbyaring thathit //

singa andulu kasmaran / Radèn Kudasuwêngi duk katliring / panoning netra kumêpyur / nratas atarataban / manrus ing tyas lumuntur jroning jêjantung / sakojur angga karasa / gumrobyos karingêt mijil //

sakala Sang Hyang Asmara / gya umanjing rumasuk maratani / cinêndhak critanira wus / kêtampèn panyèthinya / Radèn Kudasuwêngi rungrum-rinungrum / tan èngêt purwa duksina / kalamun dadi kalilip //

têmah nir ingkang wêweka / têka kèlu kalunglun ing pawèstri / kunêng wau Yuyurumpung / wus prapta ing Jêmbangan / wismanira Kudasuwêngi kinêpung / pipit rapêt datan bênggang / tandya inguwuh sing jawi //

Yuyurumpung gya sêsumbar / lah mêtua Kudasuwêngi aglis / maraka seba maring sun / apa sira tan ngrasa / yèn Jêmbangan iku kabawah maring sun / pagene sira tan seba / apa nêdya ora bêcik //

hèh bêcik sira dèn enggal / yèn kasuwèn sira ingsun patèni / Kudasuwêngi sirèku / nistha atinggal tata / ingsun arsa amocot utamanggamu / jêr sira pêtinggi nistha / nama parikrama balik //

apa ta sira tan ngrasa / anèng kene sira sun junjung linggih / dadi pêtinggine dhusun / ina kaliwat-liwat / gêlah-gêlahing jagad dora tingkahmu / Mangkono Rahadyan Kuda- / suwêngi mèsêm dènnya ngling //

Yuyurumpung bênêr sira / ngucap-ucap nisthane wong ambalik / ninggal parikrama hayu / marang wadananira / nanging wênang jêr tindakira kang luput / druhaka asiya-siya / tibaning patrap tan adil //

yèn ta mungguh ingsun arsa / mèlu marang patrapmu kang nalisir / cêcèdhès dhis durcara dus / tindak sawiyah-wiyah / nadyan kandêl kulitmu sacêngkang punjul / bramantya kang samya myarsa / amit minta tandhing dhingin //

tandang pêtinggi Kuniran / nêmbah maring Yuyurumpung nulya glis / mangsah sinurak gumuruh / sêbrak narik curiga / tandangira lir ancala gora guntur / Dyan Kudasuwêngi tadhah / wêntala tan angêntèni //

sinuduk-suduk tan kêna / wanti-wanti dènira anyuduki / Suwêngi awas andulu / rinêbut kang curiga / wusnya kêni winalês kinarya nyuduk / jola patinggi Kuniran / lumayu asipat kuping //

pêtinggi Watur akrura / nyandhak tumbak landheyannya tinitir / kalih sarêng tadhah kiwul / yitna Rahadyan Kuda / nyandhak tumbak landheyan tinikêp putung / Kudasuwêngi andhupak / kajêngkang wau pêtinggi //

garegah tangi anyandhak / gya binanting binuwang tibèng têbih / pêtinggi Mêteseh maju / lagi maju cinandhak / wus binuwang gabruk tibane mrêkungkung / rèngkèng-rèngkèng datan obah / Yuyurumpung lir sinêbit //

sêbrak anarik curiga / yitna mulat wau Kudasuwêngi / pamukira saya liwung / umangsah liring baya / nir wikara ambêk krura tandangipun / singa lena yêkti tiwas / dadi bathang tinggal nami //

Yuyurumpung krodha mangsah / anyuduki datansah dèn endhani / gya sinêndhal kêrisipun / rame sêndhal-sinêndhal / udrêg dêdrêg drêg-udrêgan gènnya pupuh / Kudasuwêngi akrodha / panyêndhale anguwati //

wus karêbut dhuwungira / gya binuwang sumêbut tibèng têbih / Yuyurumpung gya anubruk / sarwi ambêg makrura / tinadhahan panubrukira gumapruk / caruk rok carak-cinarak / kalih samya silih-ungkih //

agahan kakah-kinakah / rame cêngkah-cinêngkah kih-ingungkih / kukuh bakuh luk-pinêluk / okol ukêl-ukêlan / ganti dêdêr-dinêdêr bêkuh-binêkuh / kagulung-gulung gilingan / awas mulat pra pêtinggi //

kalamun kuwêl kalihnya / sarêng tandang prasami angêbyuki / binaya mangap kinêpung / kinarya bêbancakan / wus kapikut Kudasuwêngi tinlikung / cinancang lan buntut jaran / arame dipun suraki //

Yuyurumpung suka ing tyas / gya adhawuh nyarimpung ginagodhi / riwusira tinalikung / karya pangewan-ewan / nulya nitih munggwing kuda Yuyurumpung / Kudasuwêngi sêsambat / sinurakan lir maskentir //

[Maskumambang]

sambat-sambat Rahadyan Kudasuwêngi / patènana ingwang / nora bêtah nyandhang isin / ngur baya têkèng palastra //

Singanyidra riningsun kulaka warti / lamun kakangira / siniya-siya sinakit / cinancang buntuting jaran //

ginalandhang tinarik cinamêthèni / tinlikung dhinupak /

--- 1252 ---

lah rêbutên aku yayi / emanên sadulur tuwa //

Hèh Rubiyah mlayua mring Majasêmi / kakang Sukmayana / sira turana udani / yèn aku siniya-siya //

mring wadana Kêmaguwan awak mami / anggung dèn pilara / linarak dipun suraki / aku pamitna palastra //

Yuyurumpung patènana awak mami / aja kopilara / ambêkmu kok siya bêngis / luwung sira rampungana //

lamun sira angangêp aku kalilip / lah uwis sirnakna / dadi nora ngrêregoni / gonira dadi wadana //

marma aku tan sudi nêmbah sirèki / patrapmu kang siya / tumindak kang kurang adil / nyawiyah crocoh nyênyamah //

pedah apa ngawula wong ati bêlis / adhuh-adhuh lara / hèh kancaku pra pêtinggi / bok iya sing têpaslira //

anyêmêthi anggêr bae tanpa eling / wong uwis dibônda / cinancang lan buntut wajik / mêsthi bae tanpa daya //

lamun aku ucula saka têtali / datan wurung sira / dak gawe onclang dak banting / bok sing duwe wirang sira //

nora wirang mulat gêbyaring hyang rawi / nistha tingkahira / lamun Si Kudasuwêngi / ênya dhadha êndi dhadha //

sira iku wani silit wêdi rai / wanimu angrayah / angrampog barêng ngêbyuki / padha ijèn angucira //

gantya dhusun ing Kêdalon kang winarni / Ni Bok Singanyidra / kang anèng wisma pribadi / tininggal ing lakira //Kurang satu suku kata: tininggal ing lakinira.

Singanyidra wus watara pitu ari / tan ana ing wisma / lunga ngampak begal maling / lèh-olèhane kinarya //

kêplèk kècèk dhadhu posing dêmble ukik / pakaryan durhaka / iku ingkang dèn sênêngi / marma kang wadon sumêlang //

mêlang-mêlang lap-lapan akêtir-kêtir / Kakang Singanyidra / lah bok uwis dimarèni / iku panggawe maksiyat //

pedah apa pinangan nora marêgi / kêmbang kala duka / pêntil lara awoh pati / patimu pati kêsasar //

patinira anggônda kang amis bacin / arus wor lan bathang / yêkti datan mèmpêr janmi / beda kang laku utama //

kang tumindak tumanduk ing kramaniti / têtiyang agama / yêkti kêmbang mas sinangling / pêntil intên woh barleyan //

adhuh kakang bok iya sing duwe eling / emanên raganta / rusak rantas rontang-ranting / kêbrongot ing nêpsunira //

lah emanên jênênge turunmu wuri / rusak dening sira / yêkti benjang tanpa aji / lah bêcik sira mundura //

[Durma]

nêngna ingkang ngarsa-karsangarsa-arsa. lakinira / kocapa ingkang prapti / saking katêbihan / cinangking kuncanira / kêtara saking pangèksi / yèn Singanyidra / kang wadon duk umèksi //

nyat jumênêng saking palungguhanira / mapag kang lagi prapti / ing tyas langkung bingah / andulu lakinira / datan sangsaya pinanggih / Bok Singanyidra / umangsah angabêkti //

sawusira anênata dhêdhaharan / kasaru ingkang prapti / Rubiyah agita / sarwi arawat waspa / sadalan-dalan anangis / mêmêlas-arsa / dhuh Singanyidra yayi //

sunpun. Rubiyah sêlire Rahadèn Kuda / arsa atur udani / yayi marang sira / manawa kakangira / nêmu papa pinisakit / linarak kuda / cinancang buntut dening //

Yuyurumpung wadana ing Kêmaguwan / lah tulungana yayi / bangêt kawlas-arsa / mung sira kang sinambat / Singanyidra duk miarsa /Guru lagu seharusnya: 81, Singanyidra duk miyarsi. jaja bang winga / karna kadi sinêbit //

Singanyidra nyandhak tumbak ngliga pêdhang / trangginas anututi / mlayu murang marga / ketang sadulur tuwa / siniasat pinisakit / muntab krodhanya / hèh Yuyurumpung anjing //

Lah rasakna pamalêse Singanyidra / adhine Kudaswêngi / nora kulak warta / dagang pirungon sira / Radèn Singanyidra mami / amandraguna / têguh prawirèng jurit //

duk samana katon saka ing kadohan / gumrubyuk dèn suraki / rame dhampyak-dhampyak / gumêrah mawurahan / ana panunggule siji / anunggang jaran / ramene datan sipi //

Singanyidra wus nyana yèn kakangira / kang rame dèn suraki / sinrung lakunira / sakêdhap nulya prapta / dupi myat kang pinisakit / luwih kasrakat / karna anglir sinêbit //

datan èngêt ing purwa lawan wasana / pêtêng tingalirèki / pêdhangira ligan / kumitir munggwèng asta / kumlebat anigas pacing / buntuting jaran / jaran kagyat anjondhil //

kadi kilat lêpas playunira jaran / tambuh sêdyaning kapti / nunjang-nunjang nujah / kêsasar kabêlasar / Yuyurumpung jêrit-jêrit / ngamplok ing jaran / bêngok-bêngok misuhi //

pra pêtinggi dupi myat ing solahira / Singanyidra ngamuki / mlayu salang-tunjang / nêdya angungsi gêsang / sakala sêpi amamring / tan ana janma / Singanyidra mrêpêki //

Kudaswêngi inguculan bandanira / anulya angabêkti / samya rêrangkulan / riwusing paripurni /Guru lagu seharusnya: 7a, riwusing paripurna. sarêmbug samya angungsi / mring Sukmayanan / Wadana Majasêmi //

gya samêkta enjangira samya budhal / ginawa anak-rabi / nêngna winursita / wau ta kang lumampah / kocap playuning turanggi / praptèng wismanya / Yuyurumpung anggoling //

ing tyas maras Yuyurumpung tarataban / nyana yèn datan urip / mêdhak saka kapal / rêngkèng-rêngkèng lampahnya / kacincugan pringas-pringis / gupak ludira / sakojur angganèki //

kêcanthol ing pang-êpang sêmpal kêprapal / rinarèndhèt ing êri / panganggo ting srêmpal / kabêlèr balur babak / bundhas bundhing rontang-ranting / tangan srawean / sakojur mili gêtih //

pitung dina watara lagi waluya / Yuyurumpung sru runtik / mungêr-mungêr ing tyas / nulya nimbali marang / kadangnya sinarawèdi / benggol durjana / Sondong Majêruk ngarsi //

angandika lon Yuyurumpung Wadana / kakang sun mundhut warti / paran duganira / Rahadèn Sukmayana / wadana ing Majasêmi / yèn winatara / apa abot sangganing //

Jêr tyasingsun rumasa abangêt wirang / marang Kudasuwêngi / lawan Singanyidra / paran upama kakang / sun ngrangsang mring Majasêmi / si Sukmayana / apa kukuh ngukuhi //

angrêrêpa Sondông ing Majêruk turnya / dhuh yayi lamun kêni / aywa rinarangsang / krana abot sangganya / wadana ing Majasêmi / awit digdaya / prayogi karya sandi //

pan makatên yèn dhahar atur kawula / kula miyarsa warti / lamun Sukmayana / kagungan kris wasiyat / Rambut Pinutung kang nama / ampuh kaliwat / lan kuluk dèn simpêni //

(Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 72, 22 Mulud Taun Alip 1859, 8 Sèptèmbêr 1928, Taun III.

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1253] ---

Ôngka 72, 22 Mulud Taun Alip 1859, 8 Sèptèmbêr 1928, Taun III.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Rêdi Sibayak (tanah Karo), Sumatra.

[Grafik]

Sampun dados kalimrahaning tiyang, kawontênan ingkang nyamari, kados ta kawahing rêdi, punika malah dipun anggêp têtingalan ingkang nêngsêmakên. Kados kawontênaning kawahipun rêdi Bayak, punika kêrêp dipun dhatêngi tiyang, ingkang prêlu ngenggar-enggar manah.

--- 1254 ---

Raos Jawi

Wedhatama

[Pangkur]

Gugu karsane priyôngga / nora nganggo pêparah lamun angling / lumuh ingaran balilu / ugêr guru alêman / nanging janma ingkang wus waspadèng sêmu / sinamun ing samudana / sêsadon ingadu manis //

si pêngung nora nglêgewa / sangsayarda dènira cêcariwis / ngandhar-andhar angêndhukur / kandhane nora kaprah / saya elok alôngka longkanganipun / si wasis waskitha ngalah / ngalingi marang si pingging //

Ing Kajawèn nomêr 69-70 ing pungkasaning karangan bab Wedhatama anyariyosakên ing bab tiyang sêpuh ingkang botên sumêrêp ing raos, punika manawi wontên ing pakêmpalan anglêlingsêmi. Dene mênggah lajêngipun:

Gugu karsane priyôngga, nora nganggo pêparah lamun angling, tiyang kados ingkang kasêbut ing ngajêng, manawi rêrêmbagan anggêga kajêngipun piyambak, botên purun gêntos angraosakên ginêmipun tiyang sanès, malah manawi wicantên tanpa dugi-dugi.

Tiyang ingkang kados makatên punika sampun tamtu botên adamêl rêsêping pasamuwan, kathahing ginêmipun malah adamêl sudaning ajinipun piyambak. Lan limrah kêdunungan watak kêkah, ngrèkèl, ngrumaosi manawi ginêmipun lêrês, nanging pancèn inggih botên kenging dipun lêpatakên, awit anggènipun angêkahi wau saking dèrèng sumêrêp utawi saking dèrèng nyandhakak dhatêng raosing tatakrama tuwin ngèlmu, mila ingatasipun bab punika prayogi kaanggêp limrah kemawon. Upaminipun wontên tiyang rêraosan ing bab kawontênanipun kitha Batawi kalihan tiyang ingkang dèrèng nate sumêrêp, môngka tiyang ingkang dipun ajak wicantênan wau lajêng sambêt ginêm, sampun tamtu kemawon kathah ingkang botên mantuk, awit pancèn botên sumêrêp dhatêng kawontênanipun ingkang sayêktos. Mila kêdah dipun wêngku, bilih ginêmipun punika namung ngawur.

Lumuh ingaran balilu, ugêr guru alêman. Lumuh dipun wastani anggêga kajêngipun piyambak, malah kapara guru alêman. Punika sampun kalêbêt dados wêwatêkaning tiyang kados ingkang sampun kapratelakakên ing nginggil, cêkakipun botên purun babar pisan anampèni ginêming liyan, nanging ginêmipun piyambak kapurih angajêngi ing tiyang sanès, wosipun punapa: namung pados alêman.

Sayêktosipun alêm punika dados pakarêmanipun tiyang limrah, tiyang manawi angsal alêm, bingahing manahipun tanpa upami, sanadyan botên kalair tandhanipun, nanging ing batos tansah mongkog. Dados jalaran saking kêlimrahipun wau, tiyang ngantos kêdugi anglampahi gadhah pandamêl murih dipun alêma ing sanès, mila kêtingaling pangupadosipun lajêng nama dados awon.

Nanging janma ingkang wus waspadèng sêmu, sinamun ing samudana, sêsadon ingadu [i...]

--- 1255 ---

[...ngadu] manis. Nanging tumrap tiyang ingkang sampun sumêrêp dhatêng ing sêmunipun tiyang sanès, manawi nyumêrêpi dhatêng kawontênanipun tiyang ingkang kados makatên punika, botên pisan-pisan katingal anyulayani dhatêng punapa rêmbagipun, pasêmonipun malah kêtingal anggèning anyondhongi, abên rapêtipun malah kêtingal prayogi.

Patrapipun tiyang ingkang sagêd nyakecani dhatêng rêmbaging tiyang sanès, punika sajatosipun inggih nama pandamêl awrat, dados têmbung: janma ingkang wus waspadèng sêmu, ing ngriku gadhah kajêng tiyang ingkang sugih kawruh ing lair batosipun, mila botên pakèwêd anampèni rêmbaging tiyang ingkang sajatosipun wajib dipun wêngku, mila trapipun anggèning nampèni ginêming liyan sagêd sakeca, wêkasan damêl lêganipun tiyang ingkang ngajak rêmbagan.

Si pêngung nora nglêgewa, sangsayarda dènira cêcariwis. Tiyang ingkang sajatosipun kirang sêsêrêpan, manawi nuju ginêman, môngka dipun êmong ginêmipun, punika botên pisan-pisan ngrumaosi, anggènipun ginêman malah saya andadra.

Kawontênan ingkang kados makatên punika, kados para maos sampun botên kêkilapan, awit pancèn kêrêp pinanggih wontên ing pajagongan.

Ngandhar-andhar angêndhukur, kandhane nora kaprah, saya kaelokelok. alôngka longkanganipun.

Tiyang ingkang purun rêmbagan kados ing nginggil, punika botên pisan-pisan badhe mêndha, ginêmipun tamtu malah saya kathah, ngandhar-andhar, lan malih lajêng dipun wori ing umuk, saha samukawis rêmbag ingkang botên mantuk ing nalar. Mênggahing wosipun, rêmbagipun sadaya botên maedahi.

Si wasis waskitha ngalah, ngalingi marang si pêngging.pingging. Tumrap tiyang ingkang sagêd tuwin sumêrêp kawontênanipun tiyang ingkang dipun ajak rêmbagan, punika tamtu purun ngawon, malah kapara ngaling-alingi dhatêng tiyang ingkang dipun anggêp kirang sêsêrêpan wau.

Andharan kalih pada sêkar punika manawi dipun waos sabrèbètan, kêtingal namung asuraos limrah, yèn tinampia pitutur, inggih pitutur ingkang prasaja sangêt, dados gampil rinaosakên, tuwin gampil dipun mangrêtosi. Môngka mênggah ing sajatosipun, sêsorah ingkang prasaja punika mênggah ing lêbêting raosipun amêngku kajêng wiyar sangêt, upaminipun kula pêndhêtakên sapada lingsa ingkang wiwitan kemawon: gugu karsane priyôngga, punika sampun kenging dipun wiyarakên, bilih tiyang ingkang gadhah watêk anggêga kajêngipun piyambak punika botên sae, awit mênggahing tiyang ingkang nêdya ngudi dhatêng ngèlmu raos, badhe botên mikantuki dhatêng badanipun, amargi mênggahing ngèlmu raos, wosipun ngudi dhatêng kawêningan, ingkang dipun wêningakên kabatosanipun, môngka margining wêning punika botên wontên sanès kajawi namung tansah nindakakên têpa tuladha, anyumêrêpi dhatêng tumindaking akal budinipun piyambak, manawi sawarnining têpa punika [pu...]

--- 1256 ---

[...nika] sampun karaos wontên badanipun, upaminipun sakiting liyan punika ugi botên beda kados manawi badanipun piyambak sakit, makatên sapanunggilanipun. Sasampunipun sagêd tumindak makatên, sawêg nama ngambah dhatêng marginipun. Dados ingkang dipun pindhakakên tiyang ingkang gugu karsane priyôngga, punika têgêsipun saupami tiyang lumampah nama kêpêtêngan margi, makatên ugi kosokwangsulipun.

Arga.

Bab Têtanêman

Randhu Majêr

Têtêmbungan ing nginggil punika ragi anggumujêngakên, dene wit-witan têka wontên ingkang kawastanan majêr, dêstun kewan makatên sampun nama kalimrah. Ananging saking kiranging pamanggih, gampilipun lajêng kula têmbungakên majêr kemawon. Awit têmbung majêr makatên, têgêsipun botên purun manak, saha pawakanipun andêmênakakên. Makatên ugi randhu ingkang badhe kula aturakên punika, purun sêkar botên dados woh, rèntèging woh, mandar saya lêma godhongipun, katingal riyu-riyu angrêmbaka.

Sadèrèngipun kula ngandharakên bab randhu majêr, kados botên wontên awonipun upami kula ngandharakên bab pangupakaraning wit randhu ing udyana Kajawèn ngriki, sanadyan para maos sampun kathah ingkang sami pirsa, harak lowung kangge anglalar pundi ingkang prayogi katindakakên.

Ingkang rumiyin wit randhu punika bakunipun namung dhatêng pangupakaraning siti ingkang wontên ing sangandhapipun, kangge ing dunungan kula, ing nalika môngsa labuh, randhu wau wiwit sampun kaupakara sitinipun, ingkang pancèn wontên ing panggenan ingkang wiyar, inggih radi mayar, awit kenging dipun waluku. Sarêng ingkang wontên ing èrèng-èrènging rêdi, inggih namung kêdah kalihan talatos kemawon, awit kengingipun namung sarana pirantos pacul. Mênggah prêlunipun ingkang makatên punika, ing têmbe badhe sagêd adamêl agênging wit, saha ngrêmbakaning godhong, tuwin agênging êpangipun, awit randhu punika manawi godhongipun kathah, witipun agêng, sampun gênah wohipun badhe mikantuki. (Dene randhu majêr têka botên makatên) mênggah pamaculipun wau kêdah kaarahakên, supados sagêda anigasi dhatêng oyodipun ingkang sami katingal, sukur bilih kabêktakakên arit pisan, pamurihipun ingkang makatên punika, oyod ingkang sampun kapancas wau, lajêng sagêd anjamprok mêdal oyodipun alit-alit (oyod rambut), nanging inggih sampun anggantung siti, awit oyod rambut wau sagêd mêwahi kathah pangupadosipun jasating têtêdhan ing salêbêting siti. Mila kêdah dipun dhawahakên ing môngsa makatên, prêlunipun oyod ingkang sampun kapagas botên lajêng garing, sagêda enggal [engga...]

--- 1257 ---

[...l] anggènipun mêdal jamprokipun, saha sitinipun ugi kenging katanêman ing sadhanganipun. Namung tumraping sêsêrêpan kula, bilih randhu, ing sakiwa têngênipun dipun tanêmi tela kaspe, wohipun têka lajêng sagêd suda kathah, godhongipun sami jêne.

Mênggah ingkang dados sababipun kula dèrèng sagêd manggihakên. Upami rama rêdhaktur karsa paring sêsulang bab punika, kula langkung bingah, saha sangêt matur nuwun.

Sasampunipun makatên bilih sampun môngsa bakda tanêm (pantun) adhakan siti wau sampun kathah rumputipun, punika inggih kêdah dipun paculi, utawi kawaluku malih, nanging botên prêlu ngudi oyod kados ingkang kasêbut ing nginggil, makatên salajêngipun ing sataun-taunipun, sampun ngantos kakèndêlakên.

Mênggah pikantukipun rêrêsik ingkang kantun wau ugi wontên gunanipun, inggih punika: benjing manawi dumugining môngsa ngundhuh, gampil pamêndhêtipun, tuwin malih bilih woh wau sampun garing, pangundhuhipun inggih kêdah kaarah-arah, sampun ngantos kagêpyok. Bilih katingal ing wit ngriku wontên kêmladheyanipun, langkung prayogi kapancasa pisan, botênipun inggih kêdah kasêmpal. Awit kêmladheyan wau para maos inggih botên badhe kêkilapan, bilih gêsangipun namung maligi anggondhèl dhatêng wit ingkang dipun tèmplèki.

[Grafik]

Wit randhu ingkang dipun tanêm jan kangge panggaotan.

Sapunika kula badhe ngandharakên pamanggih kula randhu majêr wau. Sampun sawatawis taun laminipun, randhu wau botên nate mêdal wohipun (saking cariyosipun ingkang gadhah), môngka tumraping tiyang nênanêm wau, ingkang dipun kajêngakên inggih wohipun. Sarêng randhu wau sampun dados gadhahan kula, lajêng kula nyatakakên lêrês punapa botên. Wusana cariyos wau nyata, nanging taksih kula sabarakên kemawon, laminipun ngantos kalih taun, inggih mêksa botên purun awoh. Saking katoging pangajêng-ajêng kula, garêgêt kula namung badhe kula têgor kemawon, kasantunan turus utawi dhêdhêran, emanipun dene randhu wau sampun agêng, kintên-kintên mênggah puruna awoh makatên saundhuhan sagêd 400 glintir, pêpajênganipun sampun sagêd 2 rupiyah langkung, harak lothung ta. Salajêngipun kula ngêdalakên rekadaya, [re...]

--- 1258 ---

[...kadaya,] inggih punika kaprênah ing poking wit, saking siti watawis sakilan, kula têrês (kaklothok kulitipun, sarana pêthèl, panjanging têrêsan manginggilipun kintên-kintên sakilan malih, nanging ing ngriku kula taksihakên, sakawan panggenan ingkang wiyaripun watawis kawan dariji. Dados botên katêrês mubêng têmu gêlang, oyod ingkang sami katingal, kula kêthok ngantos anggantung siti, pamurih kula ingkang makatên wau, sagêda sakêdhik pangupadosing têtêdhan ing salêbêting siti, wujudipun sarêng kula rekadaya makatên, ing môngsa punika sampun miwiti purun awoh, kintên-kintên wontên 200 glintir. Dene ing têmbe upami mindhak utawi sudanipun, kula dèrèng sagêd matur, mênggah andharan kula punika satunggiling kanyataaning pamanggih ing wêkdal punika, bilih para maos sami kagungan randhu ingkang makatên, prayogi kula aturi nyobi saking andharan kula ingkang sapele wau.

Wusana kula nyuwun gunging samodra pangaksama.

Kula pun, S. Sukawiyata, Pamongsiswa, Kuwukan, Kudus.

Jagading Wanita

Candraning warni

Mênggahing bôngsa Jawi punika kêgolong rêmên nyênyôndra dhatêng sawanining kawontênan ingkang gumêlar ing donya, mênggah kajênging nyôndra, botên sanès namung badhe nyangêtakên saening wujudipun ingkang dipun côndra, utawi nyangêtakên dhatêng bab sanès-sanèsipun, kanthi mêmêtha dhatêng pindhaning sanès, kados ta: pêtênge kaya bêgowong, punika kajêngipun nyangêtakên pêtêng, awit pêtênging bêgowong punika ngungkuli pêtênging limrah. Ijo royo-royo kaya pangantèn anyar, punika kajêngipun ugi mindhakakên sawênèhing warnèn ingkang kados pangantèn anyar. Kawontênan ingkang kados makatên wau sanadyan nyatanipun namung ngupamèkakên, nanging sampun wontên èmpêripun nyôndra. Dados kawontênan sadaya punika kenging dipun côndra, kados ta candraning môngsa. Dene ingkang kêtingal mathis piyambak punika ing bab panyandraning warni, saya mathuk malih tumrap panyôndra dhatêng tiyang èstri.

Kasêbut ing Sêrat Côndrarini, garwanipun Sang Parta punika gadhah côndra piyambak-piyambak, kados ta:

Dèwi Wara Sumbadra punika tingalipun lindri, antêng, tandangipun sarwa sarèh. Ingkang makatên punika lajêng gêntos kangge mindhakakên dhatêng kawontênaning tiyang, sabên wontên tiyang klêntrêng-klêntrêng, tandangipun alon, lajêng dipun lokakên, wah, saksat Sumbadra.

--- 1259 ---

Dèwi Manuhara. Punika tingalipun anjait, ugi antêng. Dados inggih wontên iribipun Dèwi Wara Sumbadra.

Dèwi Ulupi, punika tingalipun luruh, parigêl ing tandang.

Dèwi Gôndawati, punika tingalipun angandhuk, kados pasêmoning mripating tiyang tilêm.

Dèwi Srikandhi, tingalipun blalak-blalak, pantêsipun botên wêgahan ningali punapa-punapa.

Mila ing ngriki namung dipun pêndhêtakên kawontênaning mripat, awit mripat punika dados panitik ôngka satunggal, tuwin mripat ingkang nama sae, punika sagêd adamêl kêkuwunging praean, malah tumrap tiyang ingkang ngyêktosi, tingaling para darahing karaton, punika beda kalihan mripataning tiyang limrah.

Nanging mênggah candraning tiyang èstri, jangkêpipun pinanggih wiwit rambut ngantos dumugi driji suku, dados peranganing badan sakojur punika wontên candranipun piyambak, kados ta:

Rambut, mêmak sêmu wilis, punika atêgês rambutipun ngandhan-andhan, cêmêng sulak ijêm, dados nyambêrlilèn, rambut ngandhan-andhan punika kajawi wujudipun sae, dening angombak toya, kacariyos inggih dados titikaning tiyang ingkang sae ing manah.

[Grafik]

Kuping simbar rumêmbun, punika ambasakakên kuping punika manawi kados simbar ingkang ngrêmbaka nama sae.

Alis malêngkung. Punika sampun kaprah sabên tiyang mangrêtos.

Mripat lindri. Punika mripat ingkang sêmunipun tajêm, botên blas-êblasan kangge nyawang ngrika-ngriki.

Irung ambangir, punika irung lincip ingkang runtut.

Lambe dhamis, punika lambe ingkang rapêt, sarta cêkapan.

Untu kados mutyara. Punika untu pêthak ingkang gadhah sorot.

Tangan anggadhewaanggandhewa. Punika tangan andhêngklang.

Suku muluh gadhing. Kajêngipun suku alit mêrit warninipun jêne. Tuwin taksih kathah panunggilanipun malih.

Kawontênaning côndra ingkang kados makatên punika tiyang taksih awis ingkang apil. Lêrês, tiyang mangrêtos, tuwin sagêd amastani dhatêng ayuning warni, nanging botên tamtu sagêd mastani dhatêng pêpindhaning perangan saranduning badan ingkang dipun wastani sae. Makatên malih mênggahing panyandranipun bôngsa Jawi, punika kados sampun maton botên ewah, awit panyandranipun sampun gumathok ngangge wêwaton ingkang sampun nama sae. Upaminipun inggih kados candraning warninipun Dèwi Wara Sumbadra, punika sampun têtêp dados pangothakan kangge pêpiridaning [pêpiri...]

--- 1260 ---

[...daning] warninipun tiyang èstri ingkang sarwa alus ing tandang tuwin sarwa prasaja.

Nanging tumrapipun ing jaman sapunika, mênggah candraning warni, kados-kados sampun ragi wontên ewahipun, amargi wandaning èstri ingkang kados Dèwi Wara Sumbadra punika botên sagêd angêplêki, awit sanadyan pinanggiha pada wadananipun, nanging gagraging nyandhang ngangge sampun botên mirib, upaminipun tiyang ngangge rasukan ingkang badhenipun sumrawang, entrokipun kêtingal èdi bêdhahanipun, tapihanipun cancingan, asêlop jinggring. Punika sanadyan tiyangipun luruh, nanging ragi èwêd saupami dipun pindhakna Dèwi Wara Sumbadra, tamtunipun inggih lajêng badhe ngwontênakên panyôndra piyambak.

Manawi ngèngêti dhatêng wontêning côndra ingkang mirid pêpathokan, pancèn inggih nama dados satunggaling kawruh, awit wontênipun tiyang sagêd amastani dhatêng ayuning warni mênggahing èstri, tamtu sagêd nyariyosakên dhatêng wêwatonipun. Dene wosipun botên karaosakên, punika saking dèrèng nindakakên mênggah ing prêlunipun.

Tumrap ing tanah ngamônca, kêrêp pinanggih wontên abên-abênan warni, punika tamtunipun inggih mawi pathokan mêndhêt saking wêwaton dhatêng satunggil-satunggiling peranganing badan ingkang dipun wastani sae, lan sanès-sanèsipun wau inggih namung tumrap dhatêng raosing kabangsanipun piyambak. Upaminipun panyandranipun bôngsa Eropah, punika tamtunipun inggih beda kalihan panyandranipun bôngsa Asiyah.

Kados ingkang pinanggih ing kitha Tokiyo, Jêpan, mêntas wontên abên-abênan warni ayu, punika ingkang angsal sêsêbutan pinunjul ing warni mênggahing bôngsa Jêpan, nama nonah Tsukuba Jukikolah, kados ingkang kacêtha ing gambar.

Nanging sanadyan warni wau tumrap ing tiyang Jêpan amastani pinunjul, nanging mênggahing bôngsa Eropah dèrèng tamtu mastani makatên. Namung mênggahing raosipun bôngsa Jawi kados-kados ragi karaos tuwin sagêd amastani manawi warninipun ayu, awit sagêd matrapakên côndra wontên ing ngriku, kados ta: cêmênging rambut angandhan-andhan, alisipun malêngkung tanggung, mripat sêmu ambalut, irung rungih, lambe dhamis, mèngèr-mèngèr, pipi ramping, pakulitanipun jêne. Kalêmpaking côndra sadaya wau, mênggahing bôngsa Jawi sagêd mujudakên warni, ingkang dipun wastani ayu.

Dados saupami ing tanah Jawi ngriki wontên abên-abênan warni, bokmanawi inggih lajêng wontên tiyang ingkang ahli dhatêng bab warnining tiyang.

--- 1261 ---

Ekonomi

Tawon undhuhan

[Grafik]

Talaning tawon gêndhis.

Tawon undhuhan punika tawon ingkang adat lan limrahipun purun manggèn cêlak kalihan manungsa. Asring kapêndhakan manggèn ing wit-witan, ing pyan-pyan lan wuwung-wuwunging griya. Kala-kala malah sok manggèn ing salêbêting lêmantun. Murih gampiling pangundhuhipun, ingkang wontên ing wit-witan saha ing panggenan sanèsipun ingkang pakèwêd, prayogi kapanggenakên ing glodhogan. Patrapipun mindhah makatên: tawon saombyok wau karakupa mawi solèt, lajêng kalêbêtna ing êdhus, kaarah-arah sagêda kacakup ratunipun. Punika ingkang prêlu. Sasampunipun kawêdalna saking êdhus lan tumuntên kalêbêtna ing glodhogan. Glodhogan wau sasampuna kausar-usarakên gêndhis sawatawis, prêlu kangge apus-apus murih kraos. Juru ngingah tawon kêdah anjagi ratu sampun ngantos mêdal. Rekanipun kados ta: bolongan lumêbêt mêdaling tawon alit-alit kadamêla cêkapan sakintên botên dados pakèwêd anggèning brobos. Ratu punika wujudipun mèh botên beda wujuding tawon alit-alit wau, namung kaot agêng piyambak, saha malih tiyang botên badhe klèntu anggènipun angyêktosi, awit ing salêbêting saomboyok mêsthi namung wontên ratunipun satunggal. Ratu punika sajatosipun êmbokipun tawon alit-alit sadaya. Damêlipun namung nigan. Saking tigan ngantos dumadosing tawon namung kiwa têngêning sawulan. Dene tawon alit-alit wau ugi tawon èstri. Damêlipun ngêmpal-ngêmpalakên madu wontên ing tala. Makatên ugi adamêl tala enggal murih dados agênging kangsèn. Salah satunggalipun tawon alit sagêd nuwuhakên tawon jalêran, inggih punika pacanganing ratu. Ing ombyokan ngriku ugi botên kenging langkung saking jalêran satunggal. Wujudipun tawon jalêran mèh sami kalihan wujuding ratu kaot alitan sakêdhik, mripatipun mêndêlo mangajêng. Ratu ingkang mêdal saking tala lan mumbul ing awang-awang punika limrahipun badhe laki. Wêkdal punika tawon bala ugi ngêtutakên. Ibêripun mawurahan, punika kawastanan serap. Mirid pamanggihipun para ahli ngêmatakên gêsanging tawon, ratu punika laki sapisan [sapisa...]

--- 1262 ---

[...n] sagêd nigan têrus ngantos taunan. Sabibaring damêl tawon jalêr botên suka wangsul ing ombyokan, katundhung kesah utawi dipun pêjahi dening tawon kathah. Pramila lôngka tiyang sagêd mêndhêti tawon jalêran. Wontênipun tawon minggat awit kenging panggodhaning kewan sanès (amaning tawon), kados ta: sêmut gramang, têkèk lan sanès-sanèsipun. Wontên malih jalaran ing ombyokan wau wontên ratu enggal. Yèn kalampah makatên salah satunggilipun, kilap ratu ênèm kilap ratu sêpuh kêdah oncat. Ratu ingkang pindhah panggenan ugi dipun tumuti pintên-pintên tawon alit. Tawon pindhahan botên purun ngantup, awit tawon punika sadaya ing kasangipun isi madu, samôngsa ngantup kasang sagêd bêdhah. Asring kemawon mindhahakên tawon inggatan ratunipun kacêpêng, wulu dipun brondholi, punika asring lêpat. Lêrês tawon dhatêng manggèn, awit ratu sampun botên sagêd minggat. Nanging yèn ratu wau kalêrês ratu anèm ingkang dèrèng laki, sampun mêsthi dados kapitunaning juru ngingah tawon. Awit tawon alit-alit botên sagêd angrêbda, satêmah pikantukipun botên badhe nyênêngakên. Pramila kêdah paham dhatêng kawontênaning ratu, têgêsipun punapa sampun mêtêng punapa dèrèng. Kasar-kasaranipun mindhahakên tawon inggatan wau kados kasêbut ing ngajêng kemawon. Wontên rêkaosipun sawatawis namung ing têmbe mêsthi mikantuki. Tawon makatên kasuprih mabên, malam lan gananipun. Mabên gadhah kasiyat sae tumraping slira. Malam tumraping padunungan kula kangge ambathik, lan gananipun eca katêdha kangge lêlawuhan.

Kajawi tawon undhuhan kathah kemawon tawon ingkang kasuprih ing tiyang, kados ta:

1. Tawon gung. Tawon punika ladak, purun anglawan dhatêng tiyang utawi kewan ingkang munasika ing pyambakipun, inggih punika ngêbyuk kanthi ngantup sêsarêngan, punika sagêd ambêbayani, awit wisanipun mandi pramila pamisayanipun kêdah ing wanci dalu, mawi obor. Manggènipun tawon punika wontên ing pang-panging kajêng-kajêng ingkang agêng tur kaprênah wontên ing pang-pang ingkang inggil pisan. Kangsènipun andêmênakakên, ngantos wontên ingkang saiyan wiyaripun, tur pintên-pintên êmblèg cacahipun, pramila yèn kalêrês saundhuhan kemawon sagêd pikantuk mabên ngantos langkung saêblèging lisah pèt. Talanipun ugi sae kadadosakên malam. Dene gananipun ugi kenging kaalap. Watakipun trêsna dhatêng papanipun lami, pramila sanadyan sawatawis môngsa kesah jalaran kaundhuh, ing têmbe kenging dipun ajêng-ajêng wangsulipun malih.

2. Tawon êsuk. Wujudipun ragi mèmpêr tawon baluh, kaotipun namung dhatêng solah tingkah. Trajangipun kêtingal aso. Panggenanipun wontên ing salêbêting siti, dados ngêlèng kados tawon tutur. Ingkang asring wontên ing parêdèn. Rêmênanipun manggèn ing èrèng-èrènganing punthuk ingkang sitinipun grubug (mawug). Talanipun kalêbêt agêng, mèh sami talaning tawon êndhas. Tiyang misaya tawon êsuk namung nyuprih gananipun.

--- 1263 ---

3. Tawon baluh. Tawon punika ladak tur sarwa trangginas. Yèn ngantup adhakan milih ing sirah. Pramila kawastanan tawon êndhas. Talanipun sagêd agêng mèh sami kalihan nôngka sagluntung. Pamisayanipun kêdah ing wanci dalu. Tala kakrukup kanthongan: upami karung. Sawangsulipun, karung kacêmplungakên toya jarang. Dene ingkang dipun suprih ugi namung gananipun.

Têtiyang ing tanah Eropah, makatên ugi ing Amerikah kathah ingkang cêkap-cêkap margi saking pamêdaling ngingah tawon undhuhan. Dene ing padunungan kita ugi wontên, kaota inggih namung langkung alit wujudipun, sukur kêskil lan dipun santosani kados inggih sagêd dados poking pangupajiwa. Kajawi ingkang makatên tawon punika ugi damêl saening tanêm tuwuh, inggih punika yèn panuju nêba ing sêsêkaran ngupados mabên, ing ngriku sami dados jalaran gogroging glêpung sarining sêkar jalêr. Sêkar èstri ingkang karêntahan punika dados mêtêng, satêmah tuwuh pêntil, ingkang ing alami-lami dados woh punika.

Namung samantên atur kula, yèn wontên kirangipun nyuwun pangapuntên.

Pun Sumadi mantri kewan Purwakêrta.

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Pasar Gambir ing Batawi

Candhakipun Kajawèn nomêr 71.

Garèng : Wis, Truk, mara saiki critakna kabèh, apa kang wis kok dêlêng lan kok alami ing Pasar Gambir.

Petruk : Amrih komplite caritaku, dak wiwitane ing bab sandhangan sing dak ênggo kalane aku nonton ing Pasar Gambir, yaiku: ikêt rintik balangkon cara Sala, têngahe abang jalirit, barêng dak ênggo sarta banjur dak pêngiloni, wah, aku kok nganti pangling karo rupaku dhewe, tak arani sing ana ing ngarêpku Sang Hyang Kumajaya tumurun ing ngarcapada.

Garèng : Hêm, kok iya wis dilallah adiling Pangeran, manusa kuwi sanadyan rupane ora pakra dikayangapa, ewadene mêksa anduwèni rumasa bagus, aku dhewe duwe kônca, rupane: sugih ala, sirahe penjol, mripate mripat laron, irunge sêtrikan, suwarane bindhêng, sikile kathik bubulên, ewadene barêng kabênêr macak, calathune: wah, ahu iyi nèk wis macak, pasasat jambe sinihar kao Jaha Tinghir. Ha mara, apa mèmpêr, la wong rupane ora pakra mêngkono, rumasane kathik kaya Jaka Tingkir. Apamanèh nèk wis kudu ngambah krakalan, ora kok banjur pringisan, sabab bubule lara, ananging dhadhane malah diungalake, tangane kiwa nyithing wiron, lakune dimincêk-mincêkake, [di...]

--- 1264 ---

[...mincêk-mincêkake,] kanthi nyuwara: ma-ti-a-ku.

Petruk : E, Kang Garèng kiyi gênahe nyêmoni aku, yah, aku ya banjur gêla nyritakake sandhanganaku liya-liyane, cêkakane kala samana anggonku macak dak pêng têmênan, mêngkono uga bokne Si Kamprèt, anggone macak iya dikayang bangêt, tapihe kopi pêcah babaran Klathèn, nganggo diwiru anjalirit, klambine sutra ijo nganggo kuthu baru, gêlungane gêlung têkuk cara Yoja, gonal-ganèl, sasat Dèwi Banowati, cêkakane endahing rupane bokne Si Kamprèt kala samana, sajagad ora ana sing madhani.

[Grafik]

Garèng : Wah, upamane kabèh wong lanang ing donya kene wêwatêkane padha karo Petruk, têgêse ora ana wanita liyane sing dialêm ayu kajaba bojone dhewe, donyane mêsthi slamêt, awit banjur ora ana rajapati, ora ana pênthung-pênthungan, ora ana wong mlêbu buèn, lan liya-liyane kasusahan, jalaran saka prakara ... prampuan. Wis, banjurna critamu.

Petruk : Ing sarèhne aku utawa manèh bokne Si Kamprèt wis katon brêgas-brêgas mêngkono, pangkatku mênyang Pasar Gambir iya ora sondèl nèk dikon anunggang dhokar, mêsthi iya banjur nunggang taksi. Lumrahe saka ngomahku tumêkaning Pasar Gambir kuwi, bayaraning taksi akèh-akèhe mung f 0.60, sabab aku kuwatir yèn diarani priyayi ora duwe dhuwit, apa manèh barêng supire sabên-sabên calathu: saya tuwan, kuwi aku banjur ambatin: we, la, katon kaya dara têmênan aku, mulane iya banjur dak prêsèn f 1,50 jrèng.

Garèng : O, iya pancèn wong kênclung kowe kuwi, Truk, Truk, dumèh disêbut tuwan dening supir bae, atine banjur mongkog, rumasa kaya dara, awèh prêsèn bae, banjur tikêl-matikêl karo apa mêsthine. O, aja mangkono, wong urip kuwi aja bungah utawa aja gêdhe atine, yèn nganti dialêm utawa diumbulake, aja sêrik utawa nêpsu, yèn nganti dicacad utawa diina. Mungguh sabab-sababe mangkene: akèh-akèhing uwong gêlêm ngalêmbana utawa anggunggung nyang liyan, kuwi tuwuhe sok ngêmu kamelikan, mulane kudu sing prayitna, aja guru-guru kèlu mênyang têmbung manis, sing adhakane sok ngêmu wisa, kang bisa agawe sangsarane awakmu. Aja sêrik utawa nêpsu yèn dicacad utawa diina, awit ing panacad utawa pangina kuwi sok ana kang maedahi tumrape awakmu, jalaran kowe sok banjur wêruh kasalahanmu dhewe, sing kowe babarpisan ora bakal ngrumasani, yèn ora sarana dicêplosake [dicêplo...]

--- 1265 ---

[...sake] dening tukang nacad utawa ngina mau. Mulane ana piwulange para sêpuh kang unine mangkene: mitra kang sanyata kuwi mitra kang wani kôndha apa bênêre. Yak, kok banjur salah wèsêl, wis banjurna dhisik anggonmu nonton ing Pasar Gambir.

Petruk : Sauwise aku kloron tuku karcis, banjur: blêng, lumêbu ing gapura Pasar Gambir, rasane kok kaya wong ngimpi bae, yaiku sabab saka apike, saka rajine lan saka padhange, sing dak jujug dhisik dhewe, ing têngah, yaiku entha-enthaning pasar nagara Walônda ing jaman kuna. Wah, Rèng, sapa wonge lumêbu ing kono, sanalika iku iya banjur wêruh bae kapriye tatacarane bôngsa Walônda awit apa-apa ing kono dianani kabèh, kaya ta: Lônda lan nyonyah padha cêkêl-cêkêlan padha trig-trigan, jarene kuwi diarani: dhangsah, banjur anggone para Walônda glênggang-glênggêng padha ngunjuk bangsaning wedang tèh, ananging dhuwure ana umpluke, jarene kuwi arane: bir, wah, tênggorokanaku nganti lèrèg-lèrèg munggah mêdhun bae. Malah ana sawatara sing padha bêngak-bêngok.

Garèng : Kurang ajar, kuwi rak para Walônda lagi mênyanyi aliyas sèngên, dianggêp bêngak-bêngok bae, o, la wong kupinge Si Petruk, kêpenake iya mung nèk ngrungokake: pangkur utawa kinanthi sandhung bae, apês-apêse ngrungokake kronconge Mis Hèr Laut, lagi ngrasa kêpenak. Karo manèh kabèh mau rak ora kêna diarani tatacaraning bôngsa Walônda, ananging para Walônda lagi sênêng-sênêng. Wis, wis, banjurna dhisik critamu anggonmu nonton ana ing Pasar Gambir.

(Badhe kasambêtan)

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking sêrat kabar sanès.

Kala dintên agêng wiyosan dalêm kangjêng ratu ibu, ing Tasikmalaya dipun wontênakên tèntunsêtèlêng têtanèn tuwin kawêkêlan, manggèn wontên ing pandhapa kabupatèn. Ing sabên dhistrik ngawontênakên golongan piyambak-piyambak. Ingkang kalêbêt nêngsêmakên piyambak golongan barang-barang dêdamêlan saking dhistrik Taraju, sadaya balunganing griya sami wit arèn, payonipun wêlit godhong arèn, ing nglêbêt isi barang-barang dêdamêlan ugi wit arèn. Makatên ugi barang-barang glêga. Barang-barang ingkang kathah bangsaning anam-anaman.

Kala dintên Salasa kêpêngkêr wanci jam 4 sontên gudhang Australian Films East Ltd. kêbêsmi, kathah pèlêm ingkang dipun rimat ing ngriku, têlas kêbêsmi sadaya. Jalaraning kêbêsmi kakintên jalaran saking murub piyambak. Punggawa bôngsa Eropah ing ngriku mèh botên sagêd oncat. Kapitunan dèrèng kasumêrêpan.

Kabudidayan sutra ingkang dipun adani dening bôngsa Jêpan wontên ing bawah Garut, punika amanggih pakèwêd, awit ingatasipun nêtêsakên ulêr sutra, inggiling papanipun kêdah kados ing Pangalengan. Wusana panyuwunipun siti dhatêng pamarentah botên dipun parêngakên, awit sitinipun prêlu kangge kabudidayanipun tiyang siti piyambak. Ing sarèhning botên angsal siti ingkang sae tuwin ingkang manggèn wontên papan ngriku, sêdyanipun tiyang Jêpan anggènipun damêl kabudidayan sutra wontên ing Priyangan têngah dipun sandèkakên.

Anggènipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara tampi bintang komandhur saking Anam, dipun jênêngi ing konsul jendral Prancis, Tuwan Bodard paduka tuwan-tuwan Maas Geeteranus dhirèktur B.B. Neytzell de Wilde pangarsa Rad Kawula. Welter

--- 1266 ---

lid Rad Indhiya. Propesor Bleremghem Hoog guru agêng ing pamulangan luhur Sarbonne, Paris sakalihan, tuwin nyonyah Stoutjesdijk.

Ing wanci dalu, taksi saking Wèltêprèdhên badhe dhatêng Tanjungpriuk, wontên sacêlaking Sungi Tirêm kêtubruk oto grobag, ingkang saking Tanjungpriuk. Wontênipun ngantos makatên, awit sopiripun taksi, kêblêrêngên dening dilahipun oto grobag botên dipun alitakên. Taksi ngantos ical sipatipun, sopir tuwin kênèkipun nandhang tatu sakêdhik, tiyang ingkang numpak têtiga prêlu kêdah dipun upakara wontên ing C.B.Z. dene oto grobag namung karisakan sakêdhik.

Padununganing P.P.P.K.I. ing Bandhung badhe dipun pindhah dhatêng Surabaya. Ing golonganing warga enggal, pangarsa Dhoktêr Sutama, panitra Insinyur Anwari.

Sêrsan bôngsa Eropah juru pamulasara ing Dhigul, nêmahi tiwas, jalaran kenging racun.

Wontên pawartos, pangarsa Rad Kawula Tuwan Mr. Neytzell de Wilde ing taun ngajêng badhe kèndêl, nanging malah sagêd ugi kalampahan wontên ing taun punika.

Salêbêtipun pasar malêm ing Wanagiri tanggal 31 Agustus, kathah lare-lare ingkang damêl gigunipun têtiyang ingkang sami ningali, inggih punika mopoki sêsukêr wontên ing panggulangan ringgit tiyang. Lare-lare ingkang nakal wau sami dipun jèwèri ing pulisi, minôngka epahaning anggènipun nakal.

Kala anglêrêsi dintên dhawah 12½ taun jumênêng dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, golong-golonganing punggawa pakaryan praja Mangkunagaran angunjukakên album 6 iji, isi gambar warni-warni. Ingkang pinanggih ing praja Mangkunagaran, sajumênêng dalêm kangjêng gusti punika kathah sangêt kamajênganing praja, kados ta bab saening griya-griya, pakampungan, margi-margi tuwin krêtêg-krêtêg.

Awit saking panêdhanipun pamarentah Hejaz, kintunan arta sarana wisêl saking tanah Indhiya dipun kèndêlakên sawatawis môngsa. Ingkang punika tumrap ing kantor-kantor pos ngriki botên anampèni tiyang ngintunakên arta dhatêng Hejaz lumantar pos wisêl, lan ugi botên ambayari arta saking ngrika.

Ing Surabaya wontên tiyang lapur ing pulisi, bilih kecalan anak èstri kêkalih. Sarêng tanggal 30-31 Agustus, lare èstri kêkalih wau pinanggih wontên ing hotèl Tiyonghwa ing Bongkaran. Lare kêkalih nyariyosakên, bilih jam 4 dumugi jam 10 dalu dipun kurung ing tiyang siti wontên ing hotèl ngriku. Tamtunipun tiyang wau lajêng dados urusaning pulisi. Lêlampahan ingkang kados makatên punika kêrêp pinanggih wontên ing kitha-kitha ingkang rame.

Pawartos saking Rêdhaksi

Tuwan S.W. ing Kuwukan, Kudus. 1 Gambar pasrèn sampun têlas, 2 Sêrat karangan kenging kakintunakên sarana Document, nanging poma, ing salêbêting karangan ngriku botên kenging dipun kanthèni sêrat sanès-sanèsipun, lan pangintuning Document, bungkusing sêratipun botên kenging dipun pêjahi, pamurihipun supados gampil dipun pariksa ing punggawa pos. 3 Buku-buku patukangan sampun ambabar.

Tuwan Ws. R. Wardaya ing Lêksana. Pandangu panjênêngan punika lêrêsipun botên dhatêng Bale Pustaka, nanging dhatêng Instelling ter bevordering van Inl. Talen te Weltevreden, nanging sapisan punika ugi dipun aturi katrangan.

Basa Mlayu ingkang ngangge e kados ta: bertengger, leher, sen, punika pamaosipun inggih nêtêpi kados lêrêsing pakêcapanipun, awit mênggahing Basa Mlayu, botên gadhah swara e. Swaraning o, punika têtêp kados swaraning têmbung bohong, menolong, kosong, amargi mênggahing Basa Mlayu botên gadhah pakêcapaning o jêjêg.

Tumindaking wulangan Basa Mlayu ing sêkolahan ngangge basa Mlayu pakêcapan Riyo.

Lêngganan nomêr 2953 ing Pogung, Klathèn. Buku bab kopêrasi, ing Bale Pustaka inggih sade, Serie No. 773, rêgi f 1.20.

Lêngganan nomêr 3213 ing Todhanan. Kajawèn anampèni panjurung saking sintên kemawon, lan ingkang katimbang prayogi, badhe kapacak. Ing bab karangan ingkang badhe kaunjukakên dhatêng gupêrmèn, punika pangintunipun dhatêng Handleidings Commissie ing Weltevreden, lan ingkang sayogi kalantaran ing insêpèktur tuwin sarêmbag kalihan sêkul opsinêr. Dene bab pangintuning sêrat karangan prayogi Document nanging inggih dipun Aangeteekend.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 1180 ing Ganung (Nganjuk), pos wisêl f 3 ingkang nêmbe katampi, tumrap kwartal 4 taun punika sakwartal 1 taun 1929. kawuningana.

Agèn nomêr 3100 ing Gêdhangan, N.I.S. Saking pamanggih kula, prakawis kintunan dhatêng sadhèrèk Yasa Prayitna punika langkung sae panjênêngan tampi têrus dumugi têlasing wulan punika, jêr yatra lênggananipun sampun panjênêngan bayar. Manawi sampun andungkap kuwartal 4, nami: Yasa Prayitna kula santuni Sindu.

Lêngganan nomêr 2953 ing Pogung, Klathèn. Kintunan arta f 1.50 sampun katampèn.

--- 1267 ---

Wêwaosan

Sêrat Kêmbang Jaya

Dening Md. Dohiri

3

[Durma]

môngka ujaring kaol asung wêwarta / sintên ingkang darbèni / kuluk lan curiga / kacêtha lamun benjang / dadi bupati linuwih / ing Pasantênan / angrèh para bupati //

lah punika yogya dinustha kewala / kalamun sampun kêni / benjang-benjang gampang / malês pun Singanyidra / kalawan Kudasuwêngi / datan rêkasa / angèl amithês tinggi //

Yuyurumpung kumêcêr ngilêr dleweran / dupi miyarsa warti / lah ta kakang apa / sira kaduga dhustha / benjang gampang lamun kêni / sayêkti sira / sun angkat dadi patih //

pira-pira ganjaran ingkang tumiba / marang ing sira benjing / yèn kapara nyata / ajalaran manira / wus pracaya mring sirèki / tur wis katôndha / yèn sira baud maling //

yèn kaduga lah kakang sira mangkata / mumpung dinane bêcik / nêmbah nulya bidhal / Ki Sondong datan ngetang / susah lêsah lêsu lêtih / abot pininta / saraya kadangnèki //

pancèn nyata Sondong Majêruk kaliwat / julige lamun maling / wus kalok kawêntar / marma dupi sinraya / arindhik asu ginitik / kalepat lunga / anggambuh Majasêmi //

[Gambuh]

mênggah-mênggèh amêngguk / lambe biru cahya anglir kapuk / Sondong Majruk kaduk kêtagihan jicing / ambêkane mêlar mingkus / bola-bali angop-angop //

brêbês mili adus luh / datan darbe karkat sirna larut / bêkah-bêkuh bola-bali nolah-nolih / grayah-grayah mèk-mèk sabuk / kêlalèn manawa gembol //

sakêmiri gêngipun / cahya bingar awas tingalipun / lir pandhita kang pundhuh pindhaning gaib / gènira lumaku mandung / wus binêdhe cêplas-cêplos //

mampir patikèn gupuh / nulya mapan arsa udud candu / mutêr cukit têrampil mubêng kumitir / dhokoh tômpa nugraha nung / kanikmatane Hyang Manon //

ngêlus bêdudanipun / liyêr-liyêr rêm-rêm ayam ngantuk / bantal gêmbuk binêkuk amudal tinggi / nyipta wus munggah swarga gung / ngalam donya tan rinaos //

kurua mandar bagus / garing nglingking kaya Abimanyu / iga katon gêgambangan mundhak jlanthir / ciptaning wong kang kêpaung / imane kalêbu bambon //

tan pisan darbe sêbut / nora kapok malah saya bacut / kang mangkono nyata panggawene eblis / kang padha kêna rinidhu / tan mèngèng pitutur yêktos //

agama setan tinut / datan darbe wirang samèng tuwuh / nguthuh ngiwul-ngathiwul nistha ing budi / kêsèd sungkanan angêpluk / tandange andlodak-dlodok //

sawusnya udud candu / cahya bingar bali balung sungsum / cancut-cincing tumandang mring Majasêmi / sêdya arsa mlaku mandung / idham-idhamaning batos //

tan winarna ing ênu / Majasêmi mangkya kang cinatur / Ni Bok Sukmayana wus lama abrangti / kataman ing lara gandrung / kêsambêt setan kang manggon //

anèng Banthengan dhukuh / Kêmbang Jaya yèku ipenipun / kang martapa mêmasuh amati-ragi / mêminta mring Maha Agung / pinêsu tekad gumolong //

ni bok wadana matur / mring kang raka nyuwun idinipun / arsa maring Banthengan tilik kang rayi / sêngadi kangên kêlangkung / Sukmayana wus rumojong //

nulya mirantos gupuh / winadhahan angsul-angsulipun / dadi siji pêcêl pitik jangan mênir / gorengan têri kêrupuk / sêgane pulên ginolong //

karo brêgêdèl jagung / iwak pitik gêndhing kang sinêmur / lêmêng babon winor lan jago kêbiri / pinilih kang êmpuk-êmpuk / wênèh ana kang ingopor //

klambi kurung alandhung / irêng ngêngrêng têkan poking dhêngkul / slendhang lukcan anggubêd ngubêngi gigir / nyamping parangrusak alus / pupur lamat-lamat katon //

tuhu lamun pinunjul / apa manèh amanganggo bêsus / bombrong bae wus katon ayu linuwih / dêdêg pidêksa amungguh / tuhu musthikaning wadon //

nanging kuciwanipun / datan mantêp têtêp bêktinipun / mangro tingal suka sèdhèng marang laki / nêngna ingkang kapirangu / ing Banthengan winiraos //

asri dhukuhanipun / Kêmbang Jaya têtanduranipun / pala pêndhêm wi gêmbili kimpul linjik / gêlemboh kêtela pohung / godhonge ariyo-riyo //

sêsambèn ala nganggur / têgal krai sêmôngka lan timun / Kêmbang Jaya kang pinusthi jroning ati / pininta mring Maha Agung / kèlu ujaring pawartos //

yèn Pasantênan besuk / ana bupati ingkang pinunjul / ngêrèhakên mring sasamining bupati / Kêmbang Jaya idhêpipun / dhèwèke benjing dumados //

tirakate sinêrung / sru pinêsu cêgah mangan turu / marma saya ngujwala kadya sinangling / dhasar anom tur abagus / ruruh jatmikandhap-asor //

cahyanira umancur / kadya wulan purnama dinulu / kunêng ni bok wadana ing Majasêmi / wus prapta ing dhukuhipun / kang rayi tyase sumêdhot //

gupuh anguwuh-uwuh / Kêmbang Jaya ariku wong bagus / lah dulunên aku yayi ingkang prapti / kangên mring sira wong bagus / tambanana laraningong //

Kêmbang Jaya duk dulu / mring kang raka enggal alumayu / gya umangsah Kêmbang Jaya angabêkti / anulya samya lumêbu / kêkanthenan wong sakloron //

[Kinanthi]

lir pendah pêngantyan pangguh / kang rayi anggung kinanthi / lir Ratih lan Kamajaya / Bok Wadana Majasêmi / gênging tyas pindha parbata / mèsêm sarwi

--- 1268 ---

ngandika ris //

dhuh Kêmbang Jaya riningsun / praptaningsun anèng ngriki / yayi kangên marang sira / apa ta padha basuki / Kêmbang Jaya matur nêmbah / kakang bok dahat kapundhi //

kakangbok pangèstunipun / arinta manggih basuki / sukur yayi ariningwang / wong bagus ingkang jêlanthir / dhuh yayi mas Kêmbang Jaya / pangruwat roga upami //

tambanana laraningsun / anggung amanggung makingkin / pacêt gung kang sabèng sawah / nora bêtah awak mami / macan galak sabèng toya / ngur baya tumêkèng pati //

kêmangi gagangnya wulung / wilangan sanga lan kalih / wêlasana dasihira / dhandhang wiring sirah putih / lamun tan dèn tulungana / têtambaning wuyung yayi //

pêkên lit pinggir dêlanggung / tan wurung nglalu ngêmasi / mênyan seta saupama / paseban ing jroning puri / lawan sun anti yayi mas / lagi samangke kêpanggih //

adhuh yayi kukus gantung / dak rewangi lara brangti / salaka kang warna krêsna / wastra laranganing gusti / têmah rusak raganingwang / sukêt galêng rontang-ranting //

Kêmbang Jaya nêmbah matur / dhuh kangbok botên prayogi / tumindak ngiwa druhaka / jrih sikuning Maha Luwih / mendah dukane kakangmas / mring amba tan wun mrih pati //

sumôngga kakangbok kondur / sampun kèlu manah eblis / kula jrih raka paduka / mendah loking jana benjing / yayi nora dadi ngapa / ugêr sira anglêgani //

môngsa wêruha kakangmu / tan ana kinarya sêksi / ancur gêdhah saupama / mung sira sun rasa yayi / nora ngarsa sapa-sapa / Kêmbang Jaya datan angling //

tuhu satriya pinunjul / tan kèlu panggawe juti / tyas gadhêgrêg lir prabata / tinêmpuh ing angin midit / tan môntra-môntra obaha / sayêkti lamun linuwih //

atêtêg tyasira bakuh / ni bok wadana angungkih / ingungkih-ungkih tan kêna / keron tyasira ngalêntrih / ing wasana wosing sêdya / kang rayi arsa dèn byuki //

tumandang arsa anggapyuk / sêdyanira anyakêti / kadi supe ing sakala / tan èngêt kadang pribadi / prayitna Dyan Kêmbang Jaya / tinubruk tandya ngendhani //

panubrukira kêjlungup / Kêmbang Jaya mlayu gêndring / mênyang gubug patêgalan / bok wadana dahat runtik / kacuwan jroning wardaya / dadya sru dènira anjrit //

Kêmbang Jaya ariningsun / bisa têmên sira yayi / akarya cuwaning driya / saking wisma sun dhèwèki / murih lunturing driyanta / praptaning don mitambuhi //

karaya-raya wak ingsun / tan môntra-môntra nimbangi / malah wèh wuyung warayang / ngênglêng nglamong mring sirèki / durung tumon kaya sira / tyase têka bangêt kêsit //

yèn sinawang nora bakuh / awake cilik aringkih / têka kukuh piangkuhnya / tan môntra kêna ingungkih / rangkahe kukuh akêkah / sinêrang têka nglungani //

wirang apa awak ingsun / sinirat sorot hyang rawi / wadon kang tinampik priya / ngur baya nglalu ngêmasi / diprayitna yayi sira / kalamun ingsun wus mulih //

yêkti sun matur kakangmu / dhandhang muni kontul benjing / dhuh kakang pangeran ingwang / tulungana awak mami / rinaroda paripêksa / arsa dèn pêksa karon-sih //

kasmêkan sinuwèk gupuh / arantas arontang-ranting / ukêl mawut mawurahan / nyamping suwèk pating sluwir / asambat-sambat karuna / Sukmayana laki mami //

tulungana raganingsun / Kêmbang Jaya datan yukti / tan arsa rinoda paksa / nyamping nganti pating sluwir / dursila Si Kêmbang Jaya / tandya dènira lumaris //

mring Majasêmi akondur / sadalan-dalan anangis / sêsambat mêmêlas arsa / lir ya-iyaa sayêkti / tuhu yèn wadon dursila / tyase kalêbèng yumani //

tan winarna lampahipun / wus prapta ing Majasêmi / Dyan Sukmayana pinarak / ing kursi goyang pêndhapi / kagyat wau duk tumingal / mring kang rayi tawan tangis //

gêlung lukar modhal-madhul / kasmêkan arontang-ranting / sêsambat mêmêlas-arsa / prapta nulya anungkêmi / dhuh kakang mas lakiningwang / arinta pan datan yukti //

Kêmbang Jaya datan patut / atine kalêbon eblis / kawula pinotha-potha / tan arsa tinarik-tarik / dèn ajak pulang-asmara / têmah nyamping rontang-ranting //

bangêt wirang têmên ingsun / adarbe ipe tan bêcik / dak sêngguh nora mangkana / tiwas karaya sun kirim / nora bêcik tingkahira / sugih kêndêl bôndha wani //

wani ngrusak pagêr ayu / nêdya angroda sarêsmi / lali darbèking sudara / nguthuh ngathiwul tan wigih / dhuh kakang mas lakiningwang / têbusên wirangku iki //

Sukmayana tyasnya giyuh / putêk kapêpêtan tangis / ngandika sarwi ngrêrêpa / wis mênênga aywa nangis / aja kajêron panômpa / iku bangêt kangên yayi //

bêtèke biyèn ingugung / mring jêng ibu kang wus swargi / dinama-dama ingêla / marma kadi ngalêm yayi / dadya angrangkul anguswa / tangèh darbe sir tan bêcik //

bangêt lawase adhimu / tanpa kôntha tanpa kanthi / lola tininggal wong tuwa / marma aksamanta yayi / bok rara anjrit karuna / bêgja têmên awak mami //

adhine bae dèn ugung / layak nracak ngêncak-ênci / agranyah nêdya angrayah / wêwadi dèn odhal-adhil / tangèh yèn nêdya prayoga / tanpa guna awak mami //

cinamah dèn ina dulur / Sukmayana duk miyarsi / sakala tyase kabranang / linalali marang ari / tega tumêkèng palastra / nadyan isih nom apêkik //

[Sinom]

anggugu ujar lamisan / datanpa tiniti-titi / gugon-gugonên wicara / tanpa linimbang kang bêning / kaprah wataking èstri / dul-adul kapara wadul / wadule lêlamisan / mamrih rêsiking kang dhiri / nora ketang awake jêmbêr lêthêkan //

Sukmayana wus kainan / kalap kalêbèng yumani / amèncèng traping pamancas / dene anggugu kang èstri / ing môngka datan kêni / kudu wruh paturanipun / dakwa lan kang dinakwa / iku pamancas kang adil / têmah kadi buta bêtah nganiaya //

Tindakira gêgancangan / mring padhepokaning ari / binarung ati baranang / mungkur ing rèh kang prayogi / cinêndhak lampahnèki / ing Banthengan sampun rawuh / Kêmbang Jaya duk miyat / mring raka kang lagi prapti / wus anyana yèn bakal tômpa dêduka //

Sigra marak gurawalan / manêmbah sukunira glis / Sukmayana duk umiyat / mring ari dahat sru runtik / muntap wajanya gathik / jaja bang malatu-latu / sora wijiling sabda / hèh Kêmbang Jaya sirèki / gêlah-gêlahing jagad dora kaliwat //

(Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 73, 26 Mulud Taun Alip 1859, 12 Sèptèmbêr 1928, Taun III.

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1269] ---

Ôngka 73, 26 Mulud Taun Alip 1859, 12 Sèptèmbêr 1928, Taun III

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Pasuruan

[Grafik]

Lumahing kitha Pasuruan dipun tingali saking gagana, sadaya sami katingal cêtha janggêrênging griya-griya dalah kawontênan sajawi kitha sawatawis.

--- 1270 ---

Raos Jawi

Kaurutakên Carakan Supados Gampil.

[Gambuh]

1. Agambuh kang dèn suhun / anggayuh lir kang nrahkên rumuhun / angiriba pra lêluhur dhihin-dhihin / aywa mung kakehan taun / anyênyuwun tan winaon //

2. nêmêna mrih dumunung / nêmahana ingkang nama anung / nêngêrana nênêgês mring tyas kang wêning / nêninggal ing donya sinung / nêmu sihing Hyang kang mlênong //

3. carane kang kapencut / cacad lamun oncat aja mrucut / calonira elinge kang pintêr mlêcit / camah aywa plêncat-plêncut / cabar yèn tan wruh kang mrocot //

4. rangkêpa mrih jinurung / rangkènira rêngkuhên ywa dlarung / rangkanana angrungkêpi marang aring / rangsangên wus nora wurung / rangu-rangu nir tan mirong //

5. kadya kang para mingkuh / kamanungsanira nora kukuh / kadadian tantuk barkah kabèh ringkih / kawêlèh tur kari rikuh / katut kalah wus kapokoh //

6. dumadi moh mring dudu / dumugia dalan ingkang kudu / dumadakan tômpa sihing Hyang Winadi / duwe kêsdik dadya kêsdu / dununging don datan mlendo //

7. têmêne jalma putus / têtelane tandhingira jitus / têka têrang têrus têtêg têgês titis / têmah ngantos mitra nrutus / têtêp atas tuwa yêktos //

8. sinawang padha ngêsuk / sirik yêkti ajana kêpasuk / sêsikune lamun tyase nora rêsik / siji ingkang mung rinasuk / sinung ilham tan nèng gosok //

9. winawas uwong muwus / wiwitira angrèwès mring wuwus / wikan wadi mêwês lakon kang wis-uwis / wêwekane wah tanpa wus / wilujêng wis wutuh kang wos //

10. luput yèn nora tulus / lumêbu lêng wêruh ingkang alus / lumrah lusi lasar sambekala kalis / lugu lalis lah kang lulus / lulut nêlas dènnya lolos //

--- 1271 ---

11. panutan gunêm êmpuk / panêmune kawruh tumpuk-tumpuk / patut apik wus kapok angêpik-êpik / pasrah sihing Hyang ngalumpuk / patrapira nora sompok /

12. dhamanga aja bundhu / dhêdhapukan mênang mring kang ngridhu / dhadhag dhadhug modhig dhêmên dhatêng Widhi / dhasar luwih nganti wudhu / dhanganing tyas dhuh wus jodho //

13. jujura lêjar laju / jumurunga jênjêm bisa sêrju / juru awas wose uwis amung siji / jumênênge mung katuju / jugar lamun jojo-jojo //

14. ya e kang kaking kayun / yakin iya kalayan kayungyun / ya Rasul kang luwih mulya uwis takyin / yatin sêdya ngayun-ayun / ya tus mèlu karahayon //

15. nyacad wong gonyak-ganyuk / nyatitèkna aja munyak-munyuk / nyaranani ingkang nyamlêng aywa sak nyik / nyaruwe sing pijêr nyak-nyuk / nyawadi kang munya nyak-nyok //

16. marmane nyamut-nyamut / marga tansah amung tumut-tumut / marsudia mangkono mangke kang rêmit / marlokna mrih nikmat emut / martapa lan ingkang amot //

17. gumun moh gawe mêsgul / gugon-tuhon guru go gul-agul / gêgulangên anggugu gaib kang tunggil / gumolonging tyas têtunggul / gumêlêng ywa nganti mogol //

18. badhar yèn têmên nyêbut / bakalira kothong lir kinêbut / bêbasane akèh ingkang tobit-tobit / balakkên kang ribêt ribut / barèse wong urip abot //

19. tharikan ingkang gathuk / tharathakan mathinira mathuk / tharithikan mrih waskitha kang kinêthik / thathikilan thêr kapêthuk / thathukulan kang gumathok //

20. ngêngadhang thênguk-thênguk / ngakon ngarah ingkang rada manguk / ngêngandhani sang tapa sinawang nyangik / ngawaskên mring alam nginguk / ngati-ati aja longok //

Ki Gambuh.

--- 1272 ---

Pawartos Wigatos

Pastur Jawi.

Ing jaman gangsal wêlas taunan kêpêngkêr, tumrap ing Bôngsa Jawi, sêsêrêpanipun dhatêng ing bab pastur, punika ingkang paham namung bôngsa têtiyang ing kitha, sumêrêp bilih punika tiyang panuntuning agami Kristên, malah manawi ngancêr-ancêri dhatêng wontêning pastur, amastani: Walandi ingkang rasukanipun cêmêng panjang. Nanging dangu-dangu mèh sabên tiyang botên kêkilapan malih dhatêng kawontênan punika, saya sarêng jamanipun saya majêng, malah lajêng wontên bôngsa Jawi ingkang dados pastur.

[Grafik]

Ing wêkasanipun taun 1926 wontên satunggiling bôngsa Jawi nama Tuwan Franciscus Xaverius Satiman S.J. têtêp dados pastur wêdalan saking nagari Walandi. Lan miturut wartos, ing tagaltanggal. 15 Agustus kêpêngkêr, wontên malih bôngsa Jawi kêkalih tamat saking pasinaonipun saha dados pastur ing Maastricht nagari Walandi, inggih punika Tuwan Aloysius Sukiman S.J. (ngadêg) tuwin Tuwan Adrianus Jayasêputra S.J. sampun tamtu ing bab punika adamêl gambiraning Golongan Katolik. Sawatawis dintên malih pastur Satiman badhe dumugi ing tanah Jawi ngriki.

Dene urut-urutaning pasinaon ingkang dipun lampahi ing pastur kêkalih punika, Tuwan Sukiman sakawit sinau wontên pamulangan Jawi ôngka II, satamating sinau lajêng malêbêt sêkolah Walandi partikulir, ing Gôndaatmajan, Ngayogya. Dene Tuwan Jayasêputra sêkolah wontên ing Srimanganti (Sêkolahan kraton) Ngayogya. Kalih pisan lajêng lumêbêt dhatêng pamulangan guru ing Munthilan, salajêngipun dhatêng Seminarie ing Munthilan, Klein-Seminarie ing Maastricht Groot-Seminarie ing Mariusdaal sami nagari Walandi. Wusana ing tanggal 15 Agustus kalih pisan lulus dados pastur.

Pastur Sukiman punika sadhèrèkipun pastur Satiman.

--- 1273 ---

Kawruh Warni-warni

Candraning Môngsa Katiga.

[Pangkur]

Sirating môngsa katiga / maratani nêmpuh tan tolih wuri / bawana atêmah lêbu / kombul ing ngantariksa / kêtêmpuh ing angin andhasar sumiyut / ruru salwiring ron-ronan / ambalasah maratani //

tôndha tandhane katara / ruruning ron sayêkti nyasmitani / tumraping tani ing dhusun / anon rêsmining desa / palawija wus mêpêki môngsa ngundhuh / mudhar rasaning kandhuhan / dènnya wus lami anganti //

wi gêmbili myang katela / ngundhung-undhung sêdhênge dèn undhuhi / krai sêmôngka lan timun / ginawa pêpasaran / têmah dahat mawèh sukanira nutug / rumasa antuk kabagyan / dènira angulah bumi //

[Grafik]

miwah pring pagêring dhadhah / kang wus pêndhak katon kêlang sawatawis /Lebih satu suku kata: kang wus pêndhak katon kêlang swatawis. uga wus wanci binrubuh / piguna warna-warna / kêni pinèt dadya têtambêling butuh / miwah kinarya dandanan / tambal sulam mikolèhi //

mangkya hawaning katiga / anyumuki rasa panas ing bumi / sanggyèng wiji kang kêtutup / têmah tuwuh kêtingal / têmu-têmu kunir gadhung miwah walur / kawuryan lir ngoncatana / rasa sumubirèng siti //

ananging ta nyatanira / dupi mungup antuk maruta aris / ngayomi rasaning angluh / dupi dalu kataman / hawa atis ingkang katungtuman êbun / sirna rasaning kataman / panasing kalandaragni //

têmah tuwuhe katara / riyu-riyu wèh rêsêping pangèksi / tumêlung êlunging gadhung / rumambat nyêla-nyêla / amalipir urut têlênging rêrungkut / têmu-têmu ambalasah / tuwuhira maratani //

anjrah gumêlar ing wana / kang palasa mrajak godhong andadi / sadayèku yêktinipun / sing gunging kamurahan / Kang Kawasa dènira mrata amandum / mrih sae sadayanira / aywa ta kongsi pilih sih //

nadyan kang asor kaliwat / ing sanggyaning têmu-têmu wanadri / datan pisan tuwuhipun / pinardi ing manusa / amung tuwuh kêsiram tibaning êbun / parandene [pa...]

--- 1274 ---

[...randene] dadinira / pinilala sanggyèng janmi //

malah wèh gunging piguna / nênakêti marang janma kang sakit / mêmardi waluyanipun / lan gadhung tan prabeda / nadyan tuhu kang pangawak wisa pênuh / pan ing têmbe dadinira / kinarênan ing sujanmi //

marma candranirèng môngsa / suta manut bapa dene kang arti / yèku nuju mangsanipun / sanggyanirèng lunglungan / rumambat nèng lêlanjaranira anut / numusi tumimbalira / rumêngga asrining bumi //

mung bae môngsa katiga / mung tinêmu asri kalaning ratri / ing ngawiyat katon pênuh / panjrahirèng kartika / rêbut sorot gumêbyar abra narawung / yayah puspita ing tawang / rumêngga sêpining wêngi //

ing kalanirèng purnama / pambabaring wulan amikênani / nèng kalangan angêlangut / rêsik nir sambekala / mega-mega sumilak sirna sinapu / marma sunarirèng wulan / martani lumahing bumi //

têmah tumuse karasa / mawèh atis sarasanirèng ratri / marêntul tumusing êbun / nêlêsi taru lata / wèh pikuwat nahên panasing sitèngsu / ingkang dahat anggung krodha / angêtog manasi bumi //

rasanira maring angga / datan pisan karasa mikantuki / adhakan rinakêt watuk / marma sabisa-bisa / dèn talatèn ngêngudi mring karahayun / ywa pêgat anggung anjaga / mrih waluya lumastari //

Bab Têtanêman

Pisang.

Ing pundi-pundi panggenan, tanêman pisang punika tamtu wontênipun saha sampun kalimrah sangêt katanêm ing tiyang, kabêkta saking pisang punika bôngsa têtuwuhan ingkang lêmêsan, botên tampik awon saening pasitèn, tur gampil pananêmipun, wah malih enggal sangêt andados. Saking gampiling pananêmipun satêngah katawis ngantos mèh botên kopèn, nanging yèn kalantur makatên amasthi ing têmbe sagêd dados bêrèk anjalari awoning têtanêman, pramila utaminipun kêdah tansah kapardi ing salami-laminipun, murih lastantun sae saha sagêda tansah mindhak-mindhak pamêdalipun.

Murih tulusa sae tuwuhipun, mila inggih kêdah têrus kaupakara mêkatên:

Mumpung ing môngsa têrangan makatên punika, pundi papan ingkang badhe katanêman pisang kadamêlna jugangan rumiyin, wiyaripun ing nginggil 2 ½ kaki pasagi, ing ngandhap 1 kaki, lêbêtipun 3 kaki. Jugangan wau lajêng kaisènana uwuh ngiras ngrêsiki pakawisan, uwuh wau yèn sampun garing lajêng kabêsmi ing ngriku, paedahipun minôngka rabuk, kaangkaha awu ing jugangan wontên 4-5 dim kandêlipun. Murih saening pasawangan saha manawi pakawisanipun wiyar, pandamêlipun jugangan inggih kêdah kalarik sipat kêncêng. Yèn sampun makatên wau kakèndêlna, benjing wontên jawah kenging kacèblêkan bibit pisang.

--- 1275 ---

Pamilihipun bibit ingkang sae: inggilipun 1 ½-2 M. yèn kinggilên kirang prayogi. Sasampuning kapêndhêt saking dhapuran ingkang ngantos katut dhangkèlipun, lajêng kapaprasana oyodipun ingkang ngantos rêsik, supados botên enggal mêdal anakipun, amurugakên kêra. Godhongipun kaprunthêsana kakantunakên pupusipun kemawon 2 utawi 3 papah, samantên wau ugi kêdah kapunggêl, kakantunakên sapalih kemawon minôngka kitir, paedahipun manawi sampun katanêm botên gampil oyag dening angin, dados oyod ingkang nêmbe thikil botên risak. Manawi sampun makatên bibit wau kêdah kalêrêmna sawatawis dintên, kasèndhèk-sèndhèkakên ing wit-witan, pamrihipun sagêda tuntas, watawis tiga sakawan dintên sampun tuntas lajêng kenging wiwit kacèblêkakên ing jugangan wau, trapipun kêdah jêjêg, tumuntên kaurugan siti ingkang lêmbat sarta kaidak-idak saubênging wit ngantos padhêt, nanging satêgah luwangan kemawon, awit manawi dipun kêbaki, ênthikipun enggal thukul kathah, wasana bibit kirang subur tuwuhipun, benjing luwangan wau inggih sagêd kêbak piyambak jalaran saking kalunturan lêmèn ingkang kabêkta dening toya jawah ingkang mili mriku. Mila nanêmipun ing môngsa kalima.

[Grafik]

Wit pisang ingkang katanêm sagêd subur, saha kawastanan ragi nganèh-anèhi.

Yèn thukuling anak pisang punika kêkathahên anjalari kirang sae, pramila kêdah kaingaha anakipun 2-3 uwit kemawon kapiliha ingkang subur, sanèsipun prayogi kapagasana lajêng kadhêplok mawi alu, awit bilih botên sarana kadhêplok makatên mêksa taksih trunyustrubus. malih. Ananging mênggah salêrêsipun tanêman pisang punika ambêkta watak piyambak-piyambak, upaminipun: pisang kluthuk punika mathukipun katanêm ing pasitèn umês ing pinggir lèpèn sasaminipun. Pisang

--- 1276 ---

gajih botên patos karêm dhatêng hawa asrêp, utawi siti padhas, mila tarkadhang tuwuhipun botên sagêd subur, dene sanès-sanèsipun pisang kados botên pilih-pilih.

Mênggah pangruktinipun tanêman pisang makatên:

Godhong pisang sampun ngantos katingal brindhil dipun pêndhêti, kenging ugi kapêndhêt, nanging sabên sauwit kêdah kakantunakên sakêdhikipun 5 papah, tur sampun ngantos kapagas ngêpok, kêdah kangengehan kitir, malah yèn pisang katingal wiwit utawi pinuju montong sampun pisan-pisang kapêndhêt godhongipun, ingkang prêlu klarasipun kêdah dipun pagasi, sangandhaping dhapuran kêtingala ajêg rêsik, rumput-rumput kêdah kakêsrik mawi pacul, oyod pisang sampun ngantos katingal gumantung prayogi kaurug, saha malih pangrêsikpun kaangkaha sampun ngantos magas oyodipun.

Manawi ontong sampun adiwasa (sêkar pisang ingkang sampun botên ngêdalakên bêbakaling uwoh) punika nama sampun wanci najini, kêdah kakêthok utawi dipun kêbiri, ingkang ngêpok, malah yèn uncit-uncitanipun katawis korèp utawi purêt-purêt prayogi kapagas pisan 1-2 lirang kemawon, sampun anggalih owèl, awit pratikêl makatên punika migunani. Sasampuning dipun kêbiri wau pundi ingkang mêntas kapagas lajêng kaosèrana awu murih sampun ngantos kêkathahên wêdaling tlutuh. Yèn pisang sampun suluh, punika sêdhêngipun katêgor. Wit ingkang bakda katêgor wau gadêbokipun katêngkêl-têngkêla ngantos ngêpok, sampun mawi kaingah wujud tunggakan, ingkang sae têngkêlan gadêbok wau kasèlèh ing têngahipun dhapuran, lajêng kaurug siti, maedahi sagêd nambahi asrêspingasrêping. oyod. Ingkang makatên wau katingal ajêg rêsik.

Pamarsudining tanêman pisan kados ingkang kapratelakakên ing nginggil, angêr panindakipun kanthi têmên-têmên, ngadat daosing woh sagêd andêmênakakên, inggih punika mêntês-mêntês agêng, tundhunanipun panjang tur arapêt, malah tarkadhang witipun sok kawratan woh, manawi makatên kêdah dipun uwat-uwati tuwak dêling, tinuwakakên ing tundhunan. Yèn murih matêng sarêng pisang punika kêdah kaimbu, patraping pangimbu para maos kados sampun sami sumêrêp.

Kajawi ingkang kasêbut nginggil, wontên satêngahipun kaol: nalika badhe nyèblêkakên bibit pisang, pambêktanipun saking papan nuntasakên wau kêdah sarana kasèrèt, ujar gugon-tuhonipun, benjing dadosipun tundhunan sagêd landhung.

Pisang ingkang wulêd: candhi, agung, byar sarta gajih, punika ingkang taksih mêntah kenging kadamêl têtêdhan bôngsa bankèt, nama bankèt pisang, kêdah sarana kadamêl galêpung rumiyin.

Wasana nyumanggakakên.

Nir Rasa Niti Atmaja

Tumpang.

--- 1277 ---

31 Agustus 1928.

[Grafik]

Ing tanggal 31 Agustus, punika dintên wiyosan dalêm Sri Bagendha Kangjêng Sri Maharaja Putri Wilhèlminah. Tumrap ing Batawi, ing dintên wau mawi dipun wontênakên paradhê agêng, manggèn ing alun-alun singa, gambaripun kados ingkang kacêtha punika. Gambar ing nginggil, gambar dalêm Kanjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral (ingkang mangagêm pêthak), Schout bij Nacht pangagênging wadyabala lautan (têngên), litnan jendral pangagênging wadya dharatan (kiwa). Sadaya sami nuju mriksani lampahing wadya ingkang sami baris. Ing gambar sisih kiwa kawontênaning têtiyang ingkang sami ningali. Dene gambar sanès-sanèsipun, gambaring para wadya ingkang sawêg sami baris. Ing salêbêtipun pasamuan wau têtiyang ingkang ningali kathah sangêt, para pulisi kêtingal ibut angènipun anjagi.

[Grafik]

Sabibaring paradhê, kintên-kintên jam 10 ing pura Wèltêprèdhên lajêng dipun wontênakên pakêmpalan sowanipun para pangagêng, golongan, amtênar tuwin partikêlir ing sawarnining bôngsa.

Atas namanipun rakyat ing Indhia, Tuwan Neytzell de Wilde pangarsa Rad Kawula, mêdhar sabda ngunjukakên kasugêngan dalêm Sri Bagendha Kangjêng Raja Putri. Unjuk wau tinampi ing Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana, saha badhe kaunjukakên dhatêng nagari Walandi lumantar telêgram.

--- 1278 ---

Tuwan Sajid Ali Bin Abdoerrahman Alhabsi.

Gambar ing sisih punika gambaripun Sajid Ali Bin Abdoerrahman Alhabsi ulama ing Kwitang, Wèltêprèdhên ingkang dèrèng dangu punika mêntas kaparingan ganjaran bintang êmas alit dening pamarentah. Tumrap para muslimin ing Batawi, sadaya sami nguningani dhatêng Tuwan Sayid wau, botên sanès jalaran saking sae saha jujuring panggalihipun. Sabên-sabên, Tuwan Sayid tansah adamêl sêsorah wontên ing masjid ing Kwitang, aparing piwulang murih manusa tansah anglampahana ngibadah dhatêng Pangeran, ingkang kanthi mêndhêt saking Koran tuwin Hadis. Amila kados botên kenging dipun paibên, bilih sasedanipun sang minulya Tuwan Sajid Oesman, inggih lajêng tuwan Sajid Ali ingkang kaanggêp dados bapa babunipun têtiyang muslimin ing Batawi.

[Grafik]

Kados sampun limrah, sintên ingkang sumêdya nindakakên sumêdya nindakakên padamêl sae, punika sok lajêng kathah mêngsahipun, makatên ugi Tuwan Sayid Ali. Dèrèng watawis dangu, ing sawênèhing sêrat kabar ngêwrat pandakwan warni-warni ingkang dhumawah ing sariranipun Tuwan Sayid wau, ingkang babarpisan botên kalêbêt ing nalar. Ewasamantên nagari inggih botên anggatosakên dhatêng pandakwa-pandakwa wau, ananging tansah ngèngêti dhatêng lêlabêtanipun Tuwan Sayid, malah lajêng kaparingan ganjaran bintang êmas alit.

Kajawèn mêmuji, mugi-mugi Tuwan Sayid Ali sagêda widada anggènipun nêrang-nêrangakên dhatêng lampahipun agami Islam.

Dene gambar ingkang ngandhap, punika gambaripun sawatawis murid èstri ing pamulangan Oenwanoelfatah ingkang kaêdêgakên dening Tuwan Sajid Ali kasbut nginggil.

[Grafik]

--- 1279 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Pasar Gambir ing Batawi.

Candhakipun Kajawèn nomêr 72.

Petruk : Rungokna, Rèng, tak banjurne caritaku anggone nonton ana ing Pasar Gambir. Dhèk anu aku durung kôndha nyang kowe, yèn sorene mêntas udan, kang anjalari papane Pasar Gambir rada sausap karo leleran, kang iku jalaran saka akèhing blêthokan, sandhalku wis malih rupa dadi sêpatu. Kajaba saka iku pangkatku saka omah, dak sêngaja ora mangan dhisik, awit aku kêpengin ngiras ana ing salah sawijining resturan. Kalane aku ana ing Pasar Walônda, kira-kira wis jam sêtêngah sanga, dadi wis mangsane nglêngani mêsinku kandhutan, ing môngka ing Pasar Walônda kono ora ana sing adol kang dadi karêmanaku, mulane bokne Si Kamprèt banjur tak cènèng dak ajak lunga saka kono, prêlu golèk resturan. Ora antara suwe aku banjur kapêksa tansah ngêlêgi idu bae, awit ambune sate wêdhus kang lagi dibakar, ngidid wis padha lumêbu ing pôncadriyaku. Mulane tanpa srônta manèh, aku kloron banjur bluwêng lumêbu ing resturan kang cadhak dhewe, sarta banjur enggal-engal nyinau taripe.

[Grafik]

Garèng : Lho, Truk, arêp jajan bae kok kaya wong arêp nungang sêpur, sêmang nganggo maca tarip barang, bok iya prentah bae rak uwis: jongos, kasih ini dhan itu.

Petruk : Lha wong kowe, Rèng, Rèng, wong ora tau jajan ana ing resturan, dadi iya ora ngrêti carane wong jajan, ana ing tarip kono ditulis kabèh sarupaning dhêdhaharan kang disadhiyakake ana ing resturan mau, dadi sing arêp jajan mung keri milih bae, apa kêpingin arêp mangan masakan cara Walônda, cara Tionghwa, apa cara Jawa, ing kono kabèh disadhiyani. Masakan Walônda utawa Tionghwa kuwi iya bênêr rasane nyamlêng utawa gandêm, nanging ing sarèhning ora ana sêdhêpe, mulane aku banjur anjaluk masakan Jawa bae, yaiku: sêga gorèng lawuhe sate pitik, ombèn-ombènane wedang tèh kambi ès.

Garèng : Sajake kok ora mathuk, wong sêga gorèng kok karo sate pitik, sêtun-sêtun sêga gorèng kuwi iya karo dadar utawa mata sapi, dadi rada anjlêgabit.

Petruk : Bab kiyi ora prêlu dak critani dawa-dawa, awit sauwise mangan, wêtêngku banjur krasa mlilit, nganti mèh bae aku kudu ajar kênal karo kirun wanakirun.

--- 1280 ---

Garèng : Hêm, mulane wong kuwi aja sok anggêdhèkake mênyang jajan, awit kowe rak ora bisa nyumurupi kikrik lan crobone sing ngolah utawa barang-barang sing diolah, sapa wêruh, yèn sing kok pangan mau lawuhan kang wus mambu. Apa manèh yèn arêp lêlungan, kuwi aja sok anjagakake kana-kana, luwih bêcik mangana dhisik, prêlune kang kapisan, wêtênge bisa antêng, ora gampang masuk angin, kaping pindhone yèn ana ing paran kowe mêmangan apa-apa, ora dadi pakewuh, sabab wêtêngmu wis didhasari, kaping têlune, nyuda mênyang kaborosan, awit ing sarèhning wêtêngmu wis warêg, dadi iya ora kêpengin barang-barang.

Petruk : Wis, yah, kok banjur maido, sing ora nglakoni ya ngono, sanadyan kala sêmana wêtêngku krasa mlilit, ananging ora tumuli mulih, sabab aku isih sênêng, kêpengin dêlêng tongtonan liya-liyane. Saka resturan mau, aku lumêbu ing papan conto pêpêthaning tambak kango ngingu iwak loh. Ing kono ana pêpêthaning tambak warna loro, kang siji tambak kang dipiara kanthi bêcik-bêcik, kang sijine manèh tambak kang ora diopèni babarpisan, wah, Rèng, sing dipiara bêcik-bêcik mau, katone rêsik, tur pamêtune iwak tikêl-matikêl luwih akèh tinimbang karo tambak sing ora dopèni.diopèni. Kajaba saka kuwi, tambak sing ora diopèni mau, katon anjijihi bangêt, kêbak lumut, mulane iya ora maido, yèn ing kono dadi sarange lêmut malariah.

Garèng : Hla, saiki kowe rak prêcaya, ta, yèn tambak lan balumbang kuwi nèk ora diopèni, mêsthi bisa ambêbayani tumrap manusa, awit banjur dadi sarange lêmut malariah. Kang mêngkono kuwi gêmintê rad ing Batawi wis anguningani, mulane banjur nganakake karampungan, angliyêr kabèh tambak-tambak ing sajabaning Batawi, prêlune ora liya iya arêp dipiara kanthi bêcik-bêcik, cik bèn aja nganti dadi sarange lêmut malariah.

Petruk : Nèk gêmintê kuwi pancèn iya undhig bangêt, aku ora maido yèn banjur ngliyêr tambak-tambak ing sajabaning Batawi, prêlu arêp dipiara kanthi bêcik-bêcik, awit ing kono ing têmbe pamêtune bakal sak sayahira. Ananging apa prêlune gêmintê nêdya ambuwang sakèhe saranging lêmut malariah, kuwi isih dadi pitakonan, awit ing kampung-kampung Batawi, rak akèh bangêt blumbangan, slokan, utawa papan kang jêmbêg-jêmbêg, kang dadi saranging lêmut malariah. Ewadene tumêkaning saiki kok iya didhiyêmkên sajah.

Garèng : Lho, lho, ngomong kok anggêdabrul ngono. Ngrêtia, Truk, anggone gêmintê ora ngupakara kampung-kampung kuwi ora sabab saka ora krêsane, ananging sabab kampung-kampung ing Batawi kuwi sing akèh isih dadi duwèking tuwan tanah, dêlêngên bae, ta, kampung-kampung sing wis dadi haking gêmintê rak iya padha katon gêmrining. Nanging ing besuk, samôngsa bumine wis dadi kagunganing nagara kabèh, môngsa wurunga mêsthi iya bakal ditata apa mêsthine.

(Badhe kasambêtan)

--- 1281 ---

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking sêrat kabar sanès.

Tuwan Propesor Rodenwalt Wd. Insêpèktur D.V.G Jawi Wetan, mêntas wangsul saking pulo Kangean, sêsarêngan kalihan Tuwan Lach de Bère, Gewestelijk Arts ing Madura, prêlu milih panggenan kangge têtiyang sakit budhug. Ing sapunika têtiyang ingkang sakit makatên wau sami dipun papanakên wontên ing pulo Saitor, satunggiling pulo ingkang mèh botên wontên thukulanipun tuwin awis toya. Kawartosakên Tuwan Rodenwalt manggih papan ingkang langkung prayogi wontên sacêlakipun Arjasa ugi pulo Kangean.

Salêbêtipun wulan Oktobêr ngajêng punika, ing Batawi badhe dipun wontênakên konggrès para Indhonesiah, dene ingkang badhe anjênêngi konggrès wau sadaya pakêmpalanipun para mudha Indhonesiah. Mênggah ingkang badhe karêmbag wontên ing ngriku: para mudha gêgayutanipun kalihan kabangsan, wanita Indhonesiah lan panggulawênthahipun, padpindêring kabangsan, kaprêluaning pêrgêrakanipun para mudha tumrap siti wutah rahipun tuwin têtiyangipun, saha tumrap gêsangipun sêsarêngan kalihan bôngsa-bôngsa sanès. Konggrès wau badhe katuntun dening salah satunggiling sêtudhèn ing pamulangan pangadilan luhur ing Batawi.

Kala dintên Sabtu tanggal 1 Sèptèmbêr ingkang kapêngkêr punika, sèrsi madat ing Surabaya sampun nahan satunggiling bôngsa Tionghwa nama: Lie Ie Ping, amargi kadênangan anggènipun simpên candu pêtêng kathahipun 3 K.G. ingkang badhe kasade wontên ing kitha kasbut ing nginggil.

Ing tanggal 7 wulan punika, kalêrês dintên wiyosan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogya, lampahing pasamuan tumindak kados adat, ingkang sinuhun miyos siniwaka wontên ing bangsal kancana, mangagêm kaprabon. Jam 10 tuwan gupêrnur kadhèrèkakên para amtênar tuwin Militèr, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Pakualam, lumêbêt ing kadhaton, sasampuning miyos hajad dalêm, para tamu kasugata wedang tuwin panganan, lajêng bibaran. Jam 7 dalu ing kadhatomkadhaton. lênggahan rêsèpsi.

Katêtêpakên dados adpokat tuwin pokrul ing pangadilan justisi ing Surabaya: Tuwan Mr. Muhamad Yusuf asli saking Magêlang.

Miturut pawartos Aneta dèrèng dangu punika, Tuwan Dr. Cipta Mangunkusuma, ngaturakên sêrat panuwunan dhatêng nagari, supados kaparingana palilah dêdunung wontên ing Dhobo, ing pulo Aru, amargi dhoktêr Cipta wau anggadhahi sêdya badhe dados dhoktêr wontên ing Maskape Mutiara ing ngrika, panuwunan punika ugi dipun lilani, ananging samangke lajêng wontên kabar malih, bilih sêdyanipun Tuwan Dhoktêr Cipta wau, sande.

Pakêmpalan Muhamadiyah pang ing Batawi gadhah atur dhatêng pamarentah, kaparênga paring palilah ngajar agami dhatêng salêbêting pakunjaran. Ing bab punika sawêg dados panggalihaning parentah.

Kala malêm Kêmis kêpêngkêr, satunggiling sagawon ing Ciarasas Padhalarang, angondhol gogor saking wana dhatêng sêtatsiun Padhalarang, kathah tiyang ingkang sami ningali. Ing sapunika pulisi sawêg madosi bapa lan biyunging gogor wau, kintên-kintên tamtu botên têbih saking ngriku.

Wontên pawartos, pangrèh agêng P.S.I. ajak-ajak dhatêng warganipun ingkang purun, supados sami nyêgah sês srutu sasaminipun. Tumrap ing Surabaya sampun sagêd tumindak, P.S.I. ing ngayogya ugi badhe ambiyantu.

Wontên pawartos, bilih gêwèstêlêkêrad: Kêdhu, Bagêlèn, tuwin Wanasaba, sami kaparingan arta pitulungan kathahipun f 20.078.- saking nagari, prêlu kange andandosi margi antawisipun: Prêmbun, Mêrdèn, Selakrama tuwin Karangdhuwur, Brunalan, Ngadirêja.

Aneta mirêng kabar, bilih ing Lowunggêdhe, sacêlakipun Bandhung, pèl pulisi sampun sagêd nyêpêng tiyang nama pun Oli. Ing wusana kanyataan, bilih Oli wau kapalaning pakêmpalanipun para durjana, ingkang dipun wastani: Topèng Itêm. Kajawi punika inggih lajêng têtela, bilih kècu ing Tanjungsari, antawisipun Bandhung kalihan Sumêdhang, dèrèng dangu punika, ingkang nindakakên ugi warga-warganing pakêmbalan kasbut nginggil. Samangke sampun wontên warga kêkalih ingkang sampun kacêpêng, satunggilipun malih sapriki dèrèng pinanggih.

Miturut katrangan saking Departetment Onderwijs wontên buku-buku ingkang kasêbut ing dhaptar Depot van Leermiddelen Weltevreden, namung kasade tumrap pamulangan gupêrmèn kemawon. Ing bab wau ing sapunika dipun ewahi, inggih punika ing salajêngipun, manawi sadhiyanipun buku anyêkapi tuwin botên sagêd tumbas ing sanès panggenan, buku-buku wau ugi kenging katumbas kangge pamulangan partikêlir.

--- 1282 ---

Dintên Sênèn tanggal kaping 3 Sèptèmbêr ingkang kapêngkêr punika, pintên-pintên para kaum kabangsan ingkang sami anjênêgi konggrès P.P.P.K.I. ing Surabaya, sami darmawisata dhatêng Gondhanglêgi, sacêlakipun Malang, prêlu aningali kawontênanipun tanêman rosan ing ngrika, ingkang kangge gêndhis têbu. Têtiyang wau sami anitipriksa, punapa tanêman rosan tuwin kabudidayan damêl gêndhis têbu wau, kenging kasaèkakên, murih ing têmbe wingkingipun sagêd ngawontênakên kauntungan ingkang langkung kathah.

Kangjêng tuwan ingkang wicaksana anampèni sowanipun odhènsi Nyonyah Omarwati, wanita bôngsa Sundha, dhirèktri sêpèrês, agènsêkap Pait, saha gadhah unjuk ingkang dipun waos kawrat ing sêrat tik-tikan cacah 5 lêmbar, mênggah wospipun, mugi pamarentah kaparêng angluwari têtiyang bucalan ing Dhigul, ingkang têtela botên lêpat. Kangjêng tuwan ingkang wicaksana anampi kanthi rênaning panggalih, saha kaparêng badhe naliti suraosing atur wau, dene ing bab usul angwontênakên komisi dhatêng Dhigul, badhe kaparingan katrangan ing sanès dintên.

Wiwit tanggtanggal. 1 wulan punika Globe Bioscope ing Kêbonjatiwèh, dipun tumbas dening Miss Riboet's Maleisch Operette Gezelschap "Orion" tuwin namanipun dipun pindhah daos Miss Riboet's Theater (Orion Bioscope), dene Globe Feestterrein tuwin Electra- Bioscope dados Orion- Park tuwin Pasar-Baroe Bioscope.

Mis Ribut sampun angêdêgakên paguyuban pilêm wontên ing Bandhung, pawitan f 50.000. Kajênging paguyuban badhe damêl pilêm. Ingkang dados panuntun Tuwan Nelson Wong, bôngsa Tionghwa angsal pangajaran saking Amerikah. Lan malih badhe dipun êdêgakên Miss Riboet Stichting, prêlu badhe mitulungi warga Mis Ribut, punggawa paguyubanipun pilêm, murih anak-anakipun sadaya golongan wau sami sêkolah, tuwin suka urunan dhatêng têtiyang ing golongan sadaya wau samôngsa sakit, ngopèni kubur-kuburan tuwin nindakakên ing bab kamirahan. Ing sapunika sampun sêtor f 25.000, ugi nglêbêtakên pêrsil 12 panggenan tuwin pêrsil erêpah.

Têdhak dalêm kangjêng tuwan ingkang wicaksana sampun dumugi ing laladan Japara, mandhap saking baita nitih sêkoci badhe mriksani têtiyang sakit leprah ing Danaraja. Rawuh dalêm dipun urmati ing gôngsa, Residhèn Kudus, Bupati Japara, Dhoktêr Bewoets tuwin tiyang ingkang nyêpêng griya sakit. Jam 9 bidhal dhatêng Kèlèt.

Salah satunggiling putrinipun kangjêng tuwan ingkang wicaksana badhe wangsul dhatêng nagari Walandi, prêlu badhe nglajêngakên pasinaon.

Ing kantoripun Notaris Mr. A. H. van Ophuysen ing Batawi, mêntas damêl cobèn-cobèn caranipun mainakên lotre agêng, mawi dipun saksèni dening Tuwan De Haas amtênar dhepartêmèn yustisi, ingkang dipun wajibakên nindakakên prakawis lotre, wakil-wakiling sêrat kabar tuwin têtiyang ingkang prêlu badhe nyatakakên. Mênggahing wosipun ngatingalakên ing bab adiling tindak pamaining lotre.

Ing Ngayogya Kidul tuwuh sêsakit malariah, pamarentah sampun anggiyarakên pêparing panulak awarni pil kêninê dhatêng para lurah dhusun. Nanging têtiyang taksih kathah ingkang botên purun dipun sukani pil, rêmên jêjampi sanèsipun.

Ing dintên malêm Sêtu kêpêngkêr ing dalêmipun Radèn Adipati Arya Ahmad Jayadiningrat, gêdhêlêgirdhê, kalêbêtan durjana, durjana sagêd mêndhêt jam êmas.

Pawartos saking Rêdhaksi

Lêngganan Kajawèn nomêr 872 ing Karanganom. Sêrat padhalangan ringgit purwa, Serie No. 443, rancanganipun badhe kadadosakên 18 jilid, sajilidipun kaangkah sagêda namung rêgi f 0.24. Dene cacahing lampahan ing dalêm sajilidipun botên sagêd têmtu, manut panjang cêlaking lampahanipun.

Samangke ingkang sampun kababar sawêg wontên kalih jilid. Sajilid rêgi f 0.24 dene sanèsipun sawêg kagarap, samôngsa sampun mêdal têmtu lajêng kawara-warakakên.

Pawartos saking Administrasi

Langganan nomêr 3150 ing Jagalan lor, Sala. Bale Pustaka botên sagêd nampi padamêlan saking jawi. Katalogês prayogi.

Langganan nomêr 2229 ing Banjar (Priyangan). Kajawèn nomêr 70 punika gandhèng kalihan nomêr 69. Dados manawi panjênêngan sampun nampi nomêr 69, inggih sampun nampi nomêr 70.

Langganan nomêr 1086 ing Purwakêrta. Ing sarèhning panjênêngan sampun pindhah saking Magêlang, sarta sadhèrèk Misman Adinata ugi sampun pindhah dhatêng Purwarêja, kintên kula Panjênêngan ragi rêkaos badhe nindakakên wajibing agèn, amila wiwit 1/10 ing ngajêng punika badhe kula aturi blangko piyambak-piyambak.

--- 1283 ---

Wêwaosan

Sêrat Kêmbang Jaya.

Dening Md. Dohiri

4

[Sinom]

apan ta nisthaning nistha / kadi balumbang tan mili / sukêr marus nora kentas / dadi sukêr jêjêmbêri / tan pantês wor dumadi / tindakira nora urus / ujarmu amartapa / prandene antiga kèksi / jaba putih ananging ing jêro jênar //

tingkahira pindha kewan / datan duwe wirang isin / kolu angiwat sudara / pinotha-potha pinurih / nglêgani tindaknèki / kang jêmbêr lêthêk jis marus / samêngko rasakêna / ukum kang sira tampani / Sukmayana anarik curiganira //

cinandhak lungayanira / ingukêl remaning ari / kari kêcose kewala / Kêmbang Jaya matur aris / kakang sadulur mami / kang pantês dak êmbun-êmbun / môngka gêntine bapa / rungokna ujarku dhisik / yèn wis rampung lah mêngko nuli untapna //

sira sadulurku tuwa / gêgêntining yayah bibi / pantês nguntapna maringwang / nanging kudu ingkang titi / ywa kongsi tibèng sisip / têmah nistha pungkuripun / mau sira ngandika / pandhita antiga mami / datan wirang tingkahku apindha kewan //

kakangbok arsa dak iwat / dak potha-potha dak purih / nglêgani pulang-asmara / o kakang kaliwat sisip / tan nêdya awak mami / darbe tingkah ingkang dudu / dadak kadurus dluya / iku kakang luwih nisthip / aku wirang sinirat sorot baskara //

sathithik aturku kakang / mring sira tan nêdya silip / malah kangbok kang tumindak / tan yogya sèdhèng mring laki / kadêrêng nêdya sisip / katuju jêjêg imanku / kangbok dak tinggal lunga / kacuwan karuna brangti / kêmbên nyamping sinêmpal-sêmpal rinusak //

asambat-sambat karuna / ngincim-incim marang mami / kontul arsa muni dhandhang / yèn prapta ing Majasêmi / mung iku atur mami / nora kurang nora punjul / uwis samêngko kakang / rinta pamit angêmasi / lah untapna sun arsa sowan Hyang Suksma //

wau Radèn Sukmayana / duk kalanira miyarsi / aturing ari mlas-arsa / balung kadi dèn lolosi / dhrêdhêg astanirèki / wèl-welan têmah marucut / pangastaning curiga / ing galih kadi rinujit / ngêrês anglês satêmah arawat waspa //

kang rayi rinangkul sigra / karuna kadi pawèstri / adhuh dhimas ariningwang / mèh bae kelangan mami / katujune kris mami / durung kongsi kêcosipun / pun kakang mintaksama / dahat kaliwat ing sisip / barang kayakarya. nora nganggo titi priksa //

kaburu-buru bramatya /bramantya. anggugu ujarirèki / bakyumu kaliwat nistha / durmala panggawe juti / Kêmbang Jaya ri mami / saking bangêting kangênku / mara payo yayi mas / sun boyong mring Majasêmi / kang liningan tandya amangaras pada //

runtang-runtung rêrentengan / gêgandhengan wong kêkalih / lir Kamajaya Janaka / kacarita sampun prapti / Majasêmi nulya glis / bojana drawina minum / mangke ganti winarna / mangsuli carita kang wis / ingkang lunga angungsi Si Singanyidra //

lan pêtinggi ing Jêmbangan / Rahadèn Kudasuwêngi / samana prasamya sowan / tinampèn suka ing galih / Radèn Kudasuwêngi / caritanira anggalur / wêlas kang samya myarsa / Sukmayana anyaguhi / nêdya arsa mayungi kêkalihira //

anulya sami bibaran / Singanyidra Kudaswêngi / pinaringan pamondhokan / Sukmayana gya mrêpêki / mring ari abêbisik / Kêmbang Jaya ariningsun / sun wêca marang sira / wasitane rama swargi / benjang ana aran Praja Pasantênan //

praja gung gêmah aripah / kineringan liyan nagri / ngêrèhake Carangsoka / lawan Paranggurdha yayi / nanging samêngko misih / sinêngkêr Hyang Maha Agung / durung kêna winêdhar / têmahan badhar-badhari / iku yayi sira prêlu ngawruhana //

pun kakang uga wis duga / gonira amati ragi / tan liyan minta mring Suksma / bisaa têmbe ngrênggani / wêcane rama nguni / pun kakang bangêt ing sukur / sun rewangi mêminta / bisaa klêksanan yayi / katuhone pun kakang kang dadi tuwa //

trima ngêmbani mring sira / karana pun kakang yayi / ngèlingi wêwêlingira / jêng rama kang wus suwargi / kalamun wahyu nagri / pinêsthi tiba sirèku / samêngko durung môngsa / tan kêna winêdhar yayi / marma sira kang bisa nyêngkêr sêngkêran //

mêngko sanadyan winêca / yèn sira benjang ngrênggani / aywa angêngkoki sira / dupèh môngsa wurung dadi / banjur ninggal têtèki / mungkur ing lêlakon kang wus / aninggal kaprayitnan / anulya kinarya êdir / iku yayi dahat kaliwat ing salah //

malah yèn ing bênêrira / iku kudu dèn têmêni / dènira amêsu raga / minta mring Hyang Maha Luwih / mamrih enggal dumugi / tumiba tibane wahyu / sarana tarak brata / laire dèn sampekani / batinira kinêncangan ing paminta //

lire lair sinampekan / sapisan kudu kang titis / ing ulah gêlaring aprang / ywa kongsi anguciwani / jêr lamun nyata yayi / datan wun dadi têtunggul / tungguling samubarang / uga tungguling prajurit / marma kudu gêgulang kridhaning aprang //

lan kapindho kudu gulang / urup cahyaning nagari / supadya tansah sumunar / nyunari sabarang kalir / lir wulan ingkang kêndhih / ing ima kandêl ngêndhanu / sinêrang ing maruta / sumilak cahyanya wêning / anartani mring sakèhing tarulata //

kang layu sinrang baskara / têmah prasamya ngalilir / sêgêr samya babar gônda / mêngkono

--- 1284 ---

pindhane yayi / wulan môngka bupati / ima kang angaru-biru / karya rupaking praja / sirna dening nindyamantri / kang waskitha wasis mring ingêring praja //

padhanging wulan upama / patraping prentah wong alit / tarulata kang minôngka / pra kawula gêdhe cilik / tata têntrêm pinurih / ywa ana kang laku dudu / pinruhna kautaman / dènira mrih sandhang bukti / yèku môngka wajibing para bupatya //

yayi nirasira. kudu yitna / dèn ta mrih utamèng benjing / ywa kongsi katali sura / têmah dadine nalisir / lair batin dèn titis / udinên dikongsi putus / kaya carita ngarsa / iku bêbukane yayi / rêroncène dumunung pangudinira //

Kêmbang Jaya dahat suka / dhawuhing raka kapundhi / nulya amit wus rinilan / Kêmbang Jaya sigra mulih / maring wismanirèki / ing Banthengan dhukuhipun / laju amêsu brata / tirakate dèn kêncêngi / pamrihira kadumugèna ing karsa //

mangkya amangsuli kôndha / Sondong Majêruk winarni / dènirarsa laku dhustha / wus prapta ing Majasêmi / nuju surup hyang rawi / anulya umanjing gupuh / jro kutha pinariksa / dalan dènirarsa manjing / duk samana wus prapta ing pêpungkuran //

wong jaga kang nèng pandhapa / miwah kang para patroli / pêpak datan ana gothang / lir adat sabênirèki / ki jaga ngucap aris / hèh kônca aywana turu / atiku tan kapenak / bokmanawa ana maling / dene kolik tuhu têkêk sêsauran //

dugaku si duratmaka / nora têmbèn-têmbèn iki / sawênèh mangsuli sugal / ah ana-ana sirèki / ngucap lir wong dalêming / kumawas têmên lir dhukun / sandhinge manèh ngucap / karo angob brêbês mili / o ah iya kok bênêr wakne Wagiyah //

tandhane iki sang mata / wis tan kêna disayuti / kaya digandhuli setan / sêpête kapati-pati / wurine amangsuli / nèk aku ya nora gumun / wong kowe kêtagihan / mauke ngawa durung bêdhil /Lebih satu suku kata: mau ngawa durung bêdhil. mêsthi bae ongap-angop kulakêban //

saiki diucap apa / ora molang ora maling / wong wis jaragamjaragan. mêlekan / iya padha diantêpi / ananing rêmbug mami / katimbangan ala nganggur / cêgah lèk kodhok ula / aku ingkang ambandari / wis jupukên coloke dimène padhang //

wis kene ayo digêlar / sapa-sapa sing nomboki / kene dhi aku rong uwang / aku ingkang sangang dhuwit / tombok kodhok bae wis / hah aku moh tombok sawung / aku pilih kêlabang / iki kang aku nêm dhuwit / lah tombokna kêlabang kanggo sotongan //

ah ah iki awak apa / sobèke kêpati-pati / wis êntèk dhuwit sangang wang / sapisan bae tan nyirik / môngka dhuwit wis ênting / kene dhi aku bêratu / udhêngku bathik limar / lagi kango pisan iki / lah bratunên limalas uwang kewala //

botên kang yèn limalas wang / wani kula mung sarispis / hla wong bathikane kasar / sogane kudhon bêsisik / kêbangêtên sirèki / aja kônca ora entuk / dadak isih diênyang / wanine amung sarispis / lah wis kene wong wis kalah arêp apa //

kocap kang tômpa bayaran / agahan arsa nomboki / brak-bruk datanpa petungan / tombok sapisan anyirik / anuli pining kalih / saya akèh tombokipun / ananging nuli kêna / têlu pat lima tan nyirik / wasanane tomboke mung têlung gobang //

atine giyuh dhêg-dhêgan / nanging cilakane mêncit / dilalah tomboke kêna / môngka dhuwite wis ênting / dadi niba gumuling / ing jrambah kanthi mêmisuh / gêr gumuyu sadaya / kancane duk aningali / tan dinawa para kang samya kêblabak //

[Balabak]

gantya mangke Sondong Majêruk ginita / sêdyane / arsa mlêbu maling nanging kêpalangan / ramene / para wong kang jaga samya suka-suka / kabèhe //

ewuhing tyas Sondong Majêruk ing nala / kêpriye / marganira têka ewuhe kaliwat / sungile / lawan manèh wong jaga tan ana nendra / arame //

nulya matak aji sirêp dirgananda / ampuhe / para wong kang jaga kêpati anendra / kabèhe / kodhok ula samya kukutan sadaya / alèrèn //

Sondong Majêruk tuhu julig tan sama / pancène / lamun dhustha datan bisa kêjodheran / samangke / gya umanjing ing jro dalêm kawêdanan / prênahe //

wus dumunung Sondong Majêruk jro wisma / samangke / angulati dununging ingkang pusaka / mripate / pandirangan mênèk kasêlak konangan / sing duwe //

buka pintu aririh datan kapyarsa / swarane / wus lumêbu ing sênthonge Sukmayana / asare / sakalihan akalawanarwanira /akalawan garwanira. ajèjèr //

wau Sondong Majêruk dupi umiyat / prênahe / kêris kuluk anèng pêlangkan pojokan / ajèjèr / winadhahan asrine iku katara / yèn kuwe //

dupi arsa ingalap kalawan tangan / kumlawe / rumangsane Ki Sondong ditubruk macan / sing gêdhe / dadi kagèt naratab ati dhêg-dhêgan / rasane //

pining kalih Sondong Majêruk yun ngalap / arahe / nanging nulya sinandêr ing naga pasa / sru kagèt / Sondong Majêruk gumuling anèng jrambah / ngalèsèd //

dupi èngêt Ki Sondong saking kantaka / tangine / nulya gagas apa kang dadi daruna / kok ngene / nyata wingit wasiyate Sukmayana / tandhane //

mandhêg mangu Sondong Majêruk sakala / pikire / dhêlêg-dhêlêg ngangên-angên jroning nala / jêbule / kayaparan anggunkuanggonku. bisa anggawa / karone //

têka judhêg dene datan bisa ngalap / margane / bangêt gêdhe prabawane kang pusaka / karone / nulya èngêt pitutur dhèk kuna-kuna / jarene //

gya umangsah Sondong Majêruk anêmbah / tangane / kaping têlu mring pusaka tan ambêgan / dadine / tanpa daya pusaka nir kang prabawa / apêse //

wus ingambil pusaka karo ginawa / ge-age / gya umêdal ajrih kasêlak kêbluntak / sing duwe / dhasar Sondong Majêruk cukat arikat / trampile //

duk samana watara isih jam tiga / wayahe / dadi para wong jaga isih anendra / kabèhe / dhasar anyêp enake uyêl-uyêlan / amèpèt //

gêgancangan Sondong Majeruk tan nêdya / tumolèh / cikrak-cikrak saking bangêting abungah / atine / gagasane nora wurung dadi mulya / ing têmbe //

(Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 75, 3 Rabingulakir Taun Alip 1859, 19 Sèptèmbêr 1928, Taun III.

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1301] ---

Ôngka 75, 3 Rabingulakir Taun Alip 1859, 19 Sèptèmbêr 1928, Taun III.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Prabalingga

[Grafik]

Makatên mênggah kawontênanipun palabuhan saha ing salêbêtipun kitha Prabalingga, katingal griya-griya ingkang èdi lan asri, tiningalan saking gêgana.

--- 1302 ---

Raos Jawi

Caraka wêdhar

Sinawung sêkar kinanthi

Elinga titah linuhung / eman yèn manggih bilai / aywa kongsi anêmaha / ambeka myang anggorohi / awit sagung titahing Hyang / anggambar wulang ngluwihi //

ningalana sujana nung/ nityasa mawèh mêmanis / nênangi têlênging prana/ nênuntun mrih budi wêning / ninging budya dadya pana / nuju ring tindak kang murni //

cakêtên murih tan ancung / cancangên nèng ati suci / ciptanên aywa maleca / carêma klakuan bêcik / cakraning jagad truwaca / cocog kangsèng Maha Suci //

rêrakitên kanthi ruruh / rarasing karsa dèn ririh / rinipta sadurungira / rancangan dadining wuri / rasane kêna kinira / rumêsêp nèng sanubari //

kapyarsakna sabdaning kun / kumandhange mawèh kingkin / kengis yèn sampun mardika / konus jatining makiki / kaprahe nora tumêka / kataliwêng datan kongkih //

dadinira wus pinandum / dadya ananing dumadi / datan kênèng driya arda / dadi nora tunèng budi / dadining sêdya binudya / dalane rahayu budi //

talitinên kabèh catur / tinutur murih artati / tancêping cipta kang tata / tinata têlênging ati / tinatuman ing satitah / talatèn sêtya ing batin //

sarèhêna mrih tan worsuh / supaya malela rêsik / sayêkti wêning kang rasa / sajatine dadi wangsit / sarana têmêning karsa / sinartan wêlas lan asih //

warahe kang pana kawruh / wajibing sujana luwih / wèh wasita kang kawangwang / wêruh rasaning kakawin / winawas dadi pamawas / wusana manggih linuwih //

lila lêgawa kang lulus / lagehan eling tan lali / lagon rahayuning nala / lèjêming nugraha nuli / lêga pranawa minulya / lulus nèng nala kalingling //

panthênging sêdya ywa mupus / panarima nora sêpi / panalôngsa aywa lupa / pindêngên nèng papan sêpi / panggah winantu ing tapa / pasthi wruh uwosing sêpi //

dhasaring driya ywa kidhung / dhumawah wignya mring dhong-dhing / dhêdhêrane dèn kadhadha / dhating ati wus kajodhi / dhinêdhês têlênging dhadha / dhawah dhawuhing Hyang Widhi //

jojo-jojo dadya maju / jajah sakathahing puji / jêjêre têmên mêmuja / jingglêng tan samar tan ajrih / jêjêg pamuntuning puja / jinangkung nugraha aji //

yatnaning driya kayungyun / yuning gêsang kang kariyin / yakina têlênging driya / yêkti kayitnan rumiyin / yayah kumênyaring surya / yèku lêmbut kaya mriyi /

nyaritakna kang wèh trênyuh / nyinaua malbèng sunyi / nyatane sasana sonya / nyamlêng nora

--- 1303 ---

monyar-manyir / nyirnakna ati kang granyah / nyêgah karsa ting bênyinyih //

manungsa sayêkti amung / manut nyakranirèng bumi / marmane ingkang narima / mindêng nora sugih pamrih / manise kadi kusuma / marbuk maratani bumi //

gêgulangên ywa gumunggung / gung-ngêgungkên agêng inggil / gunane nora prayoga / gagasan aywa ginigit / gampang lan ewuh dinuga / gayuhên ingkang maligi //

babarane ywa barubuh / bênêre ywa kongsi kibir / bubar bêlasar ting slêbar / bubrah nora dèn rahabi / bundhêlane ati loba / beka bonto kaya babi //

thêring sêdya mamrih gathuk / thuthukana dimèn gathik / thênging karsa nora nglênthar / thukul nèng atma pinusthi / thininthing-thinthing lir gêntha / thikil kumilat lir thathit //

ngaraha ywa kongsi pêngung / ngungaskên ati kang bêngis / ngingis lir siyunging singa / ngawasna yêkti maringis / ngajia murih kawêngan / ngancuh mring budi wirangi //

N. Saraya, Lêngganan nomêr K 581.

Jagading Sato Kewan

Katrêsnaning Biyung

[Dhandhanggula]

Nadyan sato datan pae janmi / katrêsnaning biyung maring suta / tanpa kêndhat mêmanise / apan katon ing sêmu / kadi gambar ingkang winarni / ing sêmu kawistara / ujwalaning biyung / lir kasok dènnya rêkasa / dening nêmbe ambabar bêbayi katri / gumluntung anèng kisma //

nanging nyata sarasaning ati / sanadyan ta tan darbe pangrasa / têtêp rasa katrêsnane / nanging trêsna kang tungtum / kang tumitih anggung ngênani / anane tan prabeda / lan janma satuhu / ing sêmu anggung anggagas / kasoking tyas trêsnanira marang siwi / ingkang nêmbe kawuryan //

pêdhèt katri samya waras-wiris / mung kalêson lêsahing sarira / maksih nabêt rasa cape / dening katêmbèn wêruh / lan kataman panasing bumi / ingkang arasa beda / lan panasing biyung / mung wusing dangu kataman / sumiliring maruta kang rasa atis / numusi kêkuwatan //

rare katri dènnya obah kèksi / têmah mawèh gambiraning biyang / bêngoh-bêngoh sarosane / janggiratirèng sunu / lir kêtarik ngrasa pinêtik / nulya ngadêg barêngan / maksih griyuh-griyuh / wêkasan samya umêrak / mring si biyung kang wus katon nyadhiyani / mangkahing payudara //

samya mrusul rêbutan marani / dyan agahan ing panêsêpira / kadi tan ana dugane / têmah tinêmunipun / tan warata dènnya mandumi / mung waton baku rosa / lan mênang dharusul / yêkti wênang amisesa / datan pisan-pisan mring kadang mangrêti / mandum sapadha-padha //

sarasaning biyung yèn kawijil/ [kawi...]

--- 1304 ---

[...jil/] dahat bagya ingsun asêsuta / têlu anjêlanthir kabèh / samya kadi apupur / mêlok-mêlok angatarani / bobote maksih bocah / katone wus lucu / cancutan yèn lincak-lincak / cake cêtha lir wong mêncak kang acancing / cocog sarwa sakeca //

[Grafik]

kang kadyèku mung môngka pêpulih / panglipure gon ingsun rêkasa / ngandhut marang ing dhèwèke / kongsi nglalèkke turu / tanpa kêndhat anggung nyêndholi / balik mangkya sanyata / wus antuk pitulung / luware saking kandhutan / anggung mawèh raras sêngsêmirèng ati / kang tansah amirêna //

nanging abot rasaning tyas mami / mèngêt maring ambêging manungsa / gone tegan salawase / puhan ingsun rinêbut / mung minôngka amikuwati / marang butuhing janma / murih jibar-jibur / rahayuning anak ingwang / kinalahkên mung sarana dèn lêlantih / nuli dadya sapihan //

tanpa kêndhat dènira mêmardi / mring dêrêsing puhan kang dèn alap / kalapa ing salamine / ingsun kêpêksa pugut / pêpisahan lan wohing ati / têmah wusananira / sutaningsun iku / yêkti lali mring wong tuwa / ing diwasa mung ngrasa barêngan urip / winêngku padha-padha //

nanging janma tan marêm ing ati / mêksa maksih darbe ngôngsa-ôngsa / mring sutèngsun kaanane / ana kang pinrih bau / ngrêrewangi angulah siti / tarkadhang durung nrima / maksih tegan nutug / asring sinrahkên ing jagal / mung pinurih mêmêl lan êmpuking daging / kang migunani janma //

nanging janma uga darbe bêcik / ing sajrone papan ngupakara / datan kêndhat pangudine / mrih tinêmu rahayu / gung anjaga ing rina wêngi / kandhang kalawan pangan / ajêg tanpa kantu / sukêt kang ijo ngrêmbaka / lawan papan kang katon rêsik gumrining / dinohan ing lêlara //

ing kalane nuju môngsa aking / nadyan lôngka tuwuhan katingal / nanging janma ajêg bae / dènnya ngupaya rumput / nadyan adoh mêksa nglakoni / ngêngudi pikantuka / adoh tindak lumuh / mungguhing pangruktinira / bêbasane kongsi kêni dèn arani / lali badan priyôngga //

ing sumarma sanyatane ugi / janma iku tuhu mitraningwang / kang kulina salawase / dene tegane iku / yêkti amung nêtêpi wajib / rumaganging kamurkan / iku wus tinamtu / awit sajatine janma / sampurnaning budi amung mikantuki / mudhar sanggyèng angkara //

beda lawan bêbudèning sapi / nadyan katon asarwa santosa / pêngkuhing singat prandene / gampang kêni ing apus/ datan mawèh girising ati / malah yèn kongsi nyata / adarbe pangaku / ngatokkên santosanira / yêkti amung nakêt têkaning bilai / panggawening manungsa //

angalangut panggagasing [pang...]

--- 1305 ---

[...gagasing] sapi / kang ingumbar ana ing pangonan / anon rumput ngrêmbakane / nuli asuka sukur / ngrasa antuk nugraha jati / mirahirèng Wisesa / dènira umandum / gunging brêkah kang gumêlar / maratani datan pisan apilih sih / mring sanggyaning kawula //

yèn rinasa saraning sapi /Kurang satu suku kata: yèn rinasa sarasaning sapi. tuhu kadi wêdharing panrima / kang tumiba satitahe / tan pisan kudu ngrêngkuh / ing agunge pangwasèng Widhi / anane mung narima / satibaning pandum / awit yèn tan mangkonoa / sarasaning janma ing salami-lami / mung tansah ngôngsa-ôngsa //

datan nate sumèlèh ing ati / mung anyipta kasêmbadanira / lan widada pangudine / tan mèngêt tindak dudu / tatanira tanpa dêdugi / marma mungguhing janma / mrih mèngêta tuhu / lan tuwuh darbe pangrasa / aywa kongsi samar saraning ati /Kurang satu suku kata: aywa kongsi samar sarasaning ati. mring tungtuming kotaman //

Bab Têtanêman

Panili

Sami-sami têtuwuhan ingkang limrah kasumêrêpan dening tiyang, panili punika kalêbêd ragi angèl mênggahing pangrimatipun, inggih punika: sêkar panili botên sagêd dados woh manawi botên sarana dipun jodhokakên (lakèkakên) dening tiyang.

Ananging ingkang makatên wau ngêmungakên ing tanah ngriki kemawon, kabêkta saking botên wontên kewan ingkang sami purun saba ngrubung sêkaripun wau. Môngka limrahipun sadaya têtuwuhan punika inggih lêrês sami kêdah lambangsari, nanging cêkap namung saking dayanipun kewan alit utawi angin kemawon sampun sagêd laki saha dados uwoh piyambak. Pramila kula wastani ragi angèl, awit yèn kawastanana angèl yêktos tamtu botên wontên tiyang purun marsudi.

Kula maos ing sawênèhing sêrat kabar wulanan wontên ingkang nyuraos patrapipun nangkarakên sêkar panili supados sagêd dados uwoh makatên:

Manawi sêkar wau sampun adiwasa (kintên-kintên mêgar utawi mêkrok), sarinipun sêkar jalêr katèmpèlakên dhatêng ucêng-ucêngipun sêkar èstri, prêlunipun supados sari ingkang wontên sêkar jalêr, lumêbêt ing sêkar èstri, ing ngriku manawi sari wau sagêd dumugi ing êndhoging sêkar èstri, êndhog-êndhogan wau tumuntên dados pêntil, lajêng sagêd agêng dados uwoh. Ing tanah asaling panili, inggih punika ing tanah Mexico, sêkar panili tanpa kalakèkakên dening tiyang, awit ing ngrika sampun wontên kewan bôngsa kombang ingkang sok saba ing sêkar panili. Awit saking punika sari ingkang sami tumèmplèk ing suku kombang, môngka kombang wau ngambah dhatêng sêkar èstri, lajêng kantun, wasana sêkar sagêd laki, dangu-dangu nuntên dados uwoh.

Mênggah pangrimatipun woh kados ing ngandhap punika:

Woh panili manawi sampun sêpuh warninipun ijêm sulak jêne, punika kêdah kaêpe ing bêntèr

--- 1306 ---

ing surya ½ dintên, lajêng kadadah kaurut-urut mawi lisah sladhah. Lisah klêntik inggih kenging, nanging yèn katahan dangu lajêng sagêd anjamur bawuk, sasampunipun kaurut-urut lajêng kaêpe malih, nanging pangurutipun kêdah ngatos-atos kaangkaha sampun ngantos macothot, awit yèn macothot badhe suda ambêtipun, patrap makatên wau wongsal-wangsul ngantos panili wau katingal lêsu, manawi sampun lêsu warninipun lajêng malih dados cêmêng mêlês mêlêng-mêlêng, inggih punika nama panili sampun masakan, gandanipun arum, kados ingkang kasade ing toko-toko sagêd pajêng 5 - 10 sèn, satunggal iji. Mênggah paedahipun kangge adon-adoning panganan warni-warni, kadamêl campuran bumbunipun bôngsa ombèn-ombèn, rokok tuwin sapanunggilanipun.

[Grafik]

Kêbon panili ingkang katingal anêngsêmakên.

Sapunika sampun têrang bilih rêginipun panili ing ngriki punika awis, yèn ningali saking wujuding barang. Ananging awis-awis tiyang ingkang tlatos. Môngka saking pamanggih kula saupami tiyang purun marsudi nanêm panili ingkang radi kaduk, ing pangintên kados sagêd ugi ngindhakakên pangasilan, tur inggih lumayan.

Ing padunungan kula wontên sawênèh tiyang gadhah tanêman wit panili kirang langkung wontên namung 25 lanjaran, môngka sabên taun asilipun panyadean panili sagêd pikantuk botên kirang saking f 25.- tarkadhang manawi woh gêmbêl sagêd ngantos f 31.- dumugi f 32.- tur namung kasade taksih ijêm (dèrèng kaolah dados masakan), dados kapetang alit racak-racak pêndhak taun, panili salanjaran sagêd ngêdalakên asil f 1.-, lah punapa makatên punika namung kalêbêt nama lumayan. Mendah manawi purun nanêm ingkang langkung kathah, rak saya kenging kawastanan kauntungan ingkang agêng makatên punika, saya malih manawi kasade sampun wujud masakan.

Nir Rasa Niti Atmaja.

--- 1307 ---

Pawartos Wigatos

Pêrsêrikatan Yurnalistên Asiah (P.J.A.)

Tumrapipun dhatêng yurnalis (Journalist) kangge bôngsa Asiah punika, langkung-langkung bôngsa kita Jawi, nama taksih kontit, yèn miturut kalihan jiwanipun.

Wontênipun yurnalis punika, dumuginipun tanah Asiah, ingkang ambêkta bôngsa Eropah, tuwin sapanunggilanipun, tanah-tanah ingkang sampun majêng.

Sasampunipun bôngsa Asiah sêsrawungan kalihan bôngsa Eropah tuwin sapanunggilanipun, dangu-dangu kawruh yurnalis sagêd lumèbèr dhatêng bôngsa Asiah. Lajêng jumêdhulipun sêrat kabar Tionghwa saha Jawi, ngantos pintên-pintên cacahipun.

Bôngsa kita Jawi dhatêng kawruh yurnalis punika, dèrèng nama wradin sumêbaripun. Malah kathah ingkang nyirik dhatêng têmbung yurnalis, têrkadhang sawêg mirêng swara yurnalis, sampun ajrih. Botên liya, sababipun 1e. têmbung mônca, ingkang dèrèng ngêbrah têgêsipun saha dèrèng kêlimrah dados sêkar lathi. 2e.yurnalis kêrêp wontên ing salêbêting sêrat kabar, môngka bôngsa Jawi dhatêng waosan sêrat kabar taksih nama nguciwani. 3e. yurnalis damêlipun nglêbêtakên pakabaran, saha damêl karangan kapacak ing sêrat kabar. Kuwatos manawi awakipun utawi ing papan padhusunan kalêbêtakên sêrat kabar, môngka pinuju kabar awon. Dados ingkang pancèn botên sênêng dhatêng yurnalis lajêng gampil mastani: yurnalis iku gawene ngorèk-orèk alane wong, utawa pagawean. 4e. tuwin sapanunggilanipun.

Mênggah sajatosipun, yurnalis punika kêjawi asalipun saking bôngsa ingkang sampun luhur saha alus budinipun, ugi ngêmu raos: kêna dipracaya, sabab sadaya pakabaran ingkang botên lêrês, wontên ukumanipun. Tuwin wani urip kanthi miskin. Sabab upami wontên yurnalis ingkang namung badhe ngudi cêkaping bêtahipun, pintên banggi sagêd hartawan, môngka mêdal lampah botên lêrês, badhe dipun gêgujêng jagad.

Ingkang sampun cêtha, nama yurnalis I namanipun kapacak ing sêrat kabar, II ingkang manjurung pakabaran ing sêrat kabar.

Cacak bôngsa Eropah ingkang jangkêp pôncadriyanipun, têmtu utawi pancèn mrêlokakên dhatêng waosan sêrat kabar. Dados inggih masthi ngrêtos dhatêng babagan yurnalis. Mila botên mokal, mênawi sagêd gêsang kanthi pranatan:

Ha. agêng aliting wêdaling bêtah miturut pamêdalipun, cocog kalihan raos kasêbut nginggil, wani urip kanthi miskin.

Na. tumindakipun dhatêng padamêlanipun, sagêd nyambutakên kalihan andhap inggiling kawruh, saha kathah kêdhiking balônja, nêtêpi ungêl-ungêlan: kêna dipracaya.

Ing nginggil punika pêthikan sawatawis bab gunanipun kawruh yurnalis. Mila kula inggih pitados [pita...]

--- 1308 ---

[...dos] bôngsa Asiah (Tionghwa, bôngsa kita piyambak) ingkang sampun ngambah (ngangge) tuwin ingkang anggêbyur dhatêng yurnalis, nêmtokakên saening panatanipun panggêsanganipun, saha kenging dipun pitados bab ajênging padamêlanipun ingkang sampun dados kuwajibanipun. Dene bôngsa Asiah ingkang dèrèng nêcêp babarpisan dhatêng kawruh yurnalis, kathah ingkang tumindak a. botên ngukur pamêdalipun, upami pamêdal 30 rupiah ing sawulanipun, dhawahing petangan kêlasipun langkung saking ngêkat. Ing basa Mlayu Besar pasak dari pada tiang, b. ingkang sagêd ngatos-atos inggih langkung saking ngêkat, ngantos sampun sagêd simpên yatra kathah, saha pamêdal cêkap, gêsangipun botên limrah. c. tuwin sapanunggilanipun ingkang lajêng botên sagêd nanjakakên kêmajêngan. Inggih yèn awak sagêd angsal nugraha piyambak, yèn botên, ingkang kathah-kathah sagêd limrah gêsangipun, utawi sugihipun namung nalika tiyang sêpuh taksih gêsang, pun anak saya kêplorot, ngantos dhumawah mlarat.

Sajatosipun wontênipun yurnalis punika tumrap kita jaman wingi-wingi bôngsa Jawi, sampun wontên, namung kemawon botên wontên ing sêrat kabar, jalaran pancèn dèrèng wontên sêrat kabar, sarta pirantosipun sêpên, ingkang sagêd maos taksih sakêdhik sangêt. Inggih punika para juru ngarang sêrat-sêrat, saha para pujôngga, dumugi sapriki saya kathah ingkang pinanggih sarta sampun kaêcap (sêrat gancaran tuwin waosan).

Nalika dintên Minggu tanggal 26/8-'28, para juru kabar ing Ngayogya ngawontênakên P.J.A. (Pêrsêrikatan Yurnalis Asiah). Dipun pangarsani Mr. Radèn Suyudi.

[Grafik]

Katrangan Gambar

1. Mr. R. Suyudi up rêdhaktur Jangêt,

2. Tuwan Tjoa Kim Tjeng up rêdhaktur bintang Mataram

3. Tuwan J. Driyawôngsa, Yurnalis

4. Tuwan Tang Swi Tjwan. dhirèktur bintang Mataram

5. Tuwan Kwa Sian Tjaij yurnalis

6. Tuwan Tejasumarta, rêdhaktur Jangêt

7. Tuwan Jayèng Hartana, yurnalis

8. Tuwan Adiatmaja, yurnalis

9. Tuwan S. Sastrapranata, yurnalis

10. Tuwan R. Harjasuwita, yurnalis

11. Tuwan Yusiswandi, yurnalis

12. Tuwan Bratakesawa, yurnalis

13. Tuwan R.M. Sumadiharja, yurnalis

14. Tuwan Tan Soen Djiang, yurnalis

15. Tuwan Kwik Tik Ie Administrasi, bintang Mataram.

16. Tuwan S.H.H. Sewaya, yurnalis

17. Tuwan R.M. Sugêng, yurnalis

18. Tuwan R. Sukirna, yurnalis

19. Tuwan R. Sastradiharja, yurnalis

R. Sumarja, Sêmanu, Ngayogya.

--- 1309 ---

Jagading Wanita

Bab olah thiwul

Têtêdhan thiwul punika sasat kêlimrah ing pundi-pundi wontên, namung thiwul punika kagolong têtêdhan ingkang asor, tuwin têtêdhan wau malah kangge adhakan sangêt katêdha ing tiyang, langkung-langkung kangge sadhèrèk padhusunan utawi parêdèn, têtêdhan punika wau sasat kangge baku, jalaran kenging kangge cagak tuwak, kalihan ngêntosi môngsa panenan ing sabin. Sanadyan têtêdhan wau sasat sampun kêlimrah, têmtunipun para maos sampun botên badhe kêkilapan mênggah wujuding thiwul, êmbokmanawi ugi wontên ingkang dèrèng sumêrêp raosipun, jalaran namung kataris saking têtêdhan wau asor. Namung sajatosipun ingkang asor punika panggarapipun (pangolahipun) lan ingkang baku nêdha thiwul sanès bôngsa priyantun utawi tiyang kacêkap, ingkang kathah namung tiyang ingkang kêkirangan, dene tiyang kacêkap utawi priyantun purun dhahar thiwul punika, rak namung kangge jampi kapengin, utawi ngirit wragat. Malah sok wontên tiyang kawastanan nêdha thiwul kemawon sajak rikuh. Namung kula mêksa badhe ngaturakên bab pangolahipun thiwul, sagêda angindhakakên darajading thiwul, sampun kalajêng-lajêng dados têtêdhan ingkang asor.

Olah thiwul limrah: Tumbas galêpung gaplèk utawi anggalêpung piyambak, galêpung lajêng kaulêt kalihan toya, utawi toya kalapa, yèn badhe kadamêl lêgi inggih dipun dèkèki gêndhis utawi juruh, pangulêtipun sampun kajêmekan, yèn sampun lajêng kaêdang katumpêng alit-alit, yèn sampun matêng panêdhanipun kantun sênêngan, wontên ingkang katêdha lawaran, wontên ingkang kakrawu parudan kalapa, yèn thiwul ingkang botên lêgi malah sami kalawuhan kados nêdha sêkul, punika pangolah lan panêdhanipun thiwul ingkang kêlimrah.

Dene kula mêksa ngaturakên pangolahipun thiwul ingkang ragi miraos, tur têtêdhan wau kaanggêp asor, sarèhning têtêdhan punika kêlimrah sangêt kanggenipun tiyang ingkang badhe ngirit, utawi kasekengan, tur wragad sakêdhik raosipun eca, e lowung kangge nyamikan wanci enjing.

Kula aturi mundhut galêpung gaplèk utawi anggalêpung piyambak, namung kêdah milih ingkang taksih sae, manawi sampun lajêng marut kalapa kasisiran gêndhis jawi, kamurwata kalihan galêpung ingkang badhe kaolah, yèn sampun, galêpung lajêng kaulêt kalihan parudan kalapa wau, kaulêt-ulêt ingkang ngantos kalapa mêdal santênipun, namung sampun dipun toyani utawi sanès-sanèsipun, sampun cêkap santêning kalapa punika kemawon, dene anggènipun ngulèni ingkang dangu ngantos mukêt mêmêt kados dipun êjuri ing toya. Mênggah pangêdangipun ugi botên beda kalihan thiwul limrah wau, [wa...]

--- 1310 ---

[...u,] yèn sampun matêng lajêng kadhahar kemawon sampun eca, botên susah ngragadi malih, raosipun lajêng oncat saking drajating thiwul, kangge nyamikan ngunjuk wedang nyamlêng. Têtêdhan wau saru utawi sapele, e êmbok manawi wontên ingkang kapengin nyobi.

B. Marsiyam, Pundhong

Masjid ing Struyswijkstraat Salêmbah, Wèltêprèdhên.

Sami-sami yêyasan, tumrap ambangun masjid punika gadhah raos anglêluri têtabêtan kina, awit mênggahing masjid ingkang ngantos dipun bangun, punika tamtu sampun dangu sangêt. Sawêg mirid ing nalar, masjid punika sawênèhing griya ingkang ajêg dipun ênggèni ing tiyang, upami wontên karisakanipun punapa-punapa tamtu kasumêrêpan, dados wontênipun dipun mulyakakên, tamtu jalaran sangking sampun sêpuh.

[Grafik]

Tumrap ing Batawi, kathah masjid-masjid ingkang kêgolong sampun kina, malah wontên ingkang kalajêng risak, inggih punika ingkang manggèn ing Manggadhua, wontênipun ngantos risak wau bok manawi jalaran saking wontêning ewah-ewahan kitha, amargi papanipun ing ngriku saya dangu saya sêpên, salajêngipun lajêng botên kangge. Ing ngriku namung kêtingal janggêrênging wujud griya kina.

Mênggahing wêwangunan, griya kina punika sagêd katitik saking wujudipun, kados ta masjid ing Salêmbah, punika nalika dèrèng dipun mulyakakên, wujudipun kêtingal andhap, pasanganing banon taksih kêtingal groboh, namung ing wujud gadhah singêr, nandhakakên wujuding wêwangun kina.

Dene kawontênaning masjid punika, sarèhning saya dangu kêtingal risakipun, ngantos adamêl kasamaran, môngka ing ngriku ngadêg barjêmangahipun. Nanging saupami badhe dipun mulyakakên, badhe kathah sangêt waragadipun, tuwin botên gampisgampil. lagêdipunsagêdipun. angsal waragad.

Sarèhning masjid punika dados kabêtahaning akathah, sêdya ingkang makatên wau tamtu inggih lajêng kêlampahan, ugi saking karukunaning ngakathah, wusana masjid sagêd ngadêg, kanthi waragad urunan f 5000.- saking rêrigênipun Kaji Sajêli imam ing masjid ngriku tuwin Tuwan Sastrawirêja.

--- 1311 ---

Rêmbagipun Sêmar Garèng lan Petruk

Bab Têmbung-têmbung Mônca ingkang Sampun Kaprah dipun Angge

Garèng : Ora, Ma, lagi anu Rama wis anêrangake mungguh têgêse têmbung ekonomi kanthi gamblang. Ananging ing jaman ora karu-karuan kiyi, rak isih akèh bangêt têmbung mônca, sing kaprah dianggo ing uwong, nanging mungguh têgêse sing têmênan, sing akèh durung padha mangrêti, mara, Ma, padha têrangna tut siji, nèk-nèke ana gunane tumrap aku kabèh.

[Grafik]

Petruk : Wah, iya, Ma, bênêr bangêt omonge Kang Garèng kuwi, sabab aku dhewe kêrêp bangêt palonga-palongo, jalaran amrêgoki têmbung-têmbung mônca mau, apa manèh nèk ana têmbung ngarêpe muni: puli, pungkasane nganggo mak tik, tik, wayah, kuwi sajake kok rada mêdèni. Luwih-luwih tênar-tênar guprêmèn, kuwi nèk krungu têmbung mau, anggone kamigilanên, kok kaya wong arêp kadhayohan bangsane mantri dhudhuk, tandhane: nèk ing sawijining panggonan ana wong arêp ngêdêgake kumpulan utawa paguyuban, kuwi para tênar-tênare, apa manèh para tênar pangrèh praja utawa pulisi, anggone padha gita andangu: kumpulan sing arêp diêdêgake kuwi, apa nganthongi pulitik apa ora. Dene nèk iya, wah, kalane dianani parêpatan, pulisi sing padha jaga, sasat rajêg têmênan. Ha mara, apa ora judhêg anggonku ngrasakake. Têmbung pulitik kuwi apa bangsane karbol, apa bangsaning judhi porêm, kathik padha diwêdèni mêngkono.

Sêmar : Lho, lho, lho, ujug-ujug kok nyandhak para amtênaring nagara. Panêmumu kang mêngkono kuwi rak kaliru. Ora kok sabab para amtênar padha gila utawa padha wêdi karo ananing pulitik, ananging jalaran kudu anglakoni ayahaning nagara, yaiku ambudidaya murih slamête tanah bawahe lan uwong-uwonge. Murih cêthane dakwènèhi tuladha sing gampang-gampangan, mangkene: upamane kowe kuwi pagaweyanmu ngolah sawah, murih slamête tanduranamu, têmtune kowe sabên dina rak tansah ambudidaya warna-warna, kaya ta: anjaga aja nganti ana ama utawa apa-apa liyane kang bisa agawe rusaking tanduranamu. Yèn kowe nganti ora mêruhi ing bab kuwi, têmtune ing têmbe burine kowe rak bisa nandhang kasangsaran gêdhe.

Garèng : We, lha, grathul-grathul têmênan, anggonku bisa nyandhak andharanamu kuwi, Ma. Nèk rumasaku têmbung pulitik kuwi atêgês: akal utawa pambudidaya, kaya ta: pulitiking wong dagang kuwi kudu ngrêti petung, kudu bisa sêsrawungan karo sadhengah uwong, kudu ngrêti mênyang munggah-mudhuning [munggah-...]

--- 1312 ---

[...mudhuning] rêrêganing samubarang lan liya-liyane. Pulitiking wong nyambut gawe bisane enggal munggah drajate, kudu sing sêtiti ngati-ati, sing têmên, sing lêmbah manah, sing bisa ngêpèk atining panggêdhe, bab ngaturi tômbra utawa kang dadi karêmane panggêdhene saiki wis ora kaprah. Pulitiking wong dadi dhirèktur up rêdhaktur layang kabar, murih enggal maju korane, lan enggal sugih fulus, ing jaman saiki wis beda karo carane jaman biyèn, nomêr siji, kudu ngêdhèng-êdhèngake yèn awake kuwi sawijining uwong kang ngudi bangêt marang kamajuaning bangsane, nanging sêsrawungane karo koran-koran liya kang dianggêp musuhe bangsane, iya aja nganti pêthal, dadi sida nyikut, sida ngêruk.

Sêmar : E, e, e, kok banjur sing ora-ora sing dikandhakake.

Garèng : Ing kene aku mung arêp ambuktèkake, yèn têgêsing têmbung pulitik kuwi: akal utawa pambudidaya, dadi pulitiking dagang, têgêse: akale wong dagang, pulitiking wong nyambut gawe, têgêse: akale wong nyambut gawe. Mangkono sapiturute. Mulane Rama mau ngandikakake: Ama utawa apa-apa liyane kang agawe rusak, kuwi banjur êlap-êlapên bae atiku.

Sêmar : Mungguh andharanamu têmbung pulitik, kok têgêsi akal utawa pambudidaya, kuwi pancèn iya ana bênêre, ananging sanyatane têmbung pulitik (politiek) kuwi saka têmbung Yunani pulitike (politike), têmbung kiyi asale saka têmbung polis (polis) têgêse: kutha utawa praja, dadi têgêse têmbung politike utawa politik, kuwi sanyatane, igah-iguhing bab kridhaning praja.

Petruk : I, hla dalah, ngrêti saikine aku, mulane Rama mau ngandikakake: ama utawa apa-apa liyane kang agawe rusak, awit panganggêpe Rama wong-wong sing padha nyêmplung nyang pulitik kuwi kayadene ama mêngkono, jalaran wong-wong mau arêp mèlu-mèlu ngrêmbug mênyang igah-iguhing bab kridhaning praja. Yadhug, yadhug, apa, he, alane, wong-wong mau rak arêp golèk kamayaraning uripe, ramakathik wani-wani ngarani ama aliyas pangrusak, yadhug, yadhug, anggone sumangkehan, anggone siya-siya, apa ora kêna, he, wong angudi mênyang kasênêngan lan kaslamêtaning urip ana ing donya kene.

Sêmar : Sabar, gus, sabar, aja banjur sajak arêp nguntal-nguntala kalèlèt mêngkono. Bêbasane ana: sing sapa kaburu nêpsu, kuwi têtêp baturing setan. Nyêbuta dhisik wong bagus, apa ngombe-ngombe camcao kono, bèn adhêm. Mangkene: wong arêp ngudi kaslamêtaning uripe, kuwi ora pisan-pisan dilarangi, mung bae mulane para priyayi pangrèh praja lan pulisi, sabên ana lêlakon mangkono mêsthi banjur gita-gita angurus lan tansah kudu mêruhi apa sing padha dirêmbug ing kono, ing dhuwur wis takkandhakake, yaiku jalaran saka anggone nêtêpi wajibe, kudu ngrêksa kaslamêtaning bawahe lan sakaro-karone, têgêse: wong cilik iya slamêt, pamarentah iya slamêt.

--- 1313 ---

Wêruha, thole, anane pakumpulan sing padha mêngku pulitik digatèkake têmênan marang priyayi sing padha kuwajiban kuwi, sabab angèlingi kadadean-kadadean sing uwis-uwis. Sarèhning bangsaku kuwi sing sabagean mratahe isih padha cobolo, prasasat ora tau wêruh pojoking pulitik, dadi yèn angrungokake sêsorah ing pakumpulan sing mêngku pulitik, kuwi banjur sok kaliru ing tômpa, sing wêkasane mung bakal gawe cilaka lan sangsaraning uripe. Dêlêngên, pirang atus wong sing padha didhigulake, amarga saka padha kaliru tômpa, nalika ngrungokake sêsorah ing pakumpulane, ora saka anggonku ngrewangi para priyayi mau. Iki aku mung kôndha sabênêre utawa kaanan sing padha kok sipati, dudu uni gawe-gawe, dadi witing klapa: salugune.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking sêrat kabar sanès

Kawrat ing kêkancinganing pamarentah, Haji Ahmad Sanusi, umur 39 taun, guru agami, ingkang kantun piyambak manggèn ing kampung Gêntèng, Cibadhak, katêtêpakên kêdah manggèn ing Batawi, prêlu kangge nindakakên tata têntrêm.

Gêmintê ing Pasuruan nyobi nindakakên pêpalang murih juru potang botên malêbêt ing pêkên-pêkên. Ing bab punika para juru potang sami nêdha pitulungan dhatêng mistêr Ong Liang Kok ing Surabaya, supados tatanan ingkang kados makatên punika dipun alang-alangi.

Bènjing tanggal 3 Oktobêr, jam 9 enjing, kangjêng tuwan ingkang wicaksana lênggah odhènsi wontên ing pura koningsêplèin kados adat. Sintên ingkang badhe sowan, gadhah atur dhatêng Adjudant van dienst, kanthi mratelakakên nama tuwin kajêngipun, wiwit tanggal 20 dumugi 30 wulan punika.

Apdhèling Persarikatan Minahasa golongan militèr ing Batawi, adamêl parêpatan wontên ing tangsi, ngrêmbag badhe ngawontênakên pisungsung konjuk ing sri bagendha kangjêng raja putri awarni kursi.

Wontên sawênèhipun tiyang mandhap saking kapal Eva, ingkang labuh ing Surabaya, mawi ambêkta kopêr, sarêng dumugi Tanjungperak dipun anggrak ing rêsèrsê saha kapriksa, ing kopêr ngriku pinanggih wontên candunipun pêtêng wawrat 4 kilogram. Tiyang wau cariyos, bilih candu wau badhe dipun êsês piyambak. Dene aslinipun tumbas saking kapal Pêrlak. Sarêng ing kapal Eva kapriksa, botên pinanggih punapa-punapa. Prakawis taksih kapriksa.

Wontên pawartos, bilih ingkang angsal pamênang f 50.000 lotre ingkang mêntas dipun mainakên punika bôngsa Tionghwa nama Lie Thaij Loeng grêji ing jêmbatan Sêkaut, Batawi.

Sampun sawatawis wulan punika, ing Makasar wontên kasir bôngsa Tionghwa ing Gebr. Bouvy nyalingkuhakên arta f. 15.000. Prakawis punika dèrèng ngantos kapriksa, pirmah Ressis & Co. inggih kecalan arta ingkang cacahipun ugi mèh samantên, ananging botên adamêl kapitunan, amargi kasir ingkang nyalingkuhakên arta mawi nyukani arta têtanggêlan. Wontênipun salingkuhan arta wau, jalaran ing ngriku ngusum ngabotohan.

Saking kaparêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogya, ingkang sampun kapacak ing riksêblad, amranata bab paring dalêm pitulungangpitulungan. wragad dhatêng lare-lare ingkang majêng pasinaonipun.

Pamasanging pondhimèn ing bak gadhahanipun praja Mangkunagaran, Surakarta, Kangjêng Ratu Timur kaparêng amasang banon wiwitan, mawi dipun jênêngi para agêng kathah. Bab wau badhe sagêd ngêlêbi pasitèn 1200 bau.

Ing bab ngajalipun Mr. J.J.K. de Wit adpokat tuwin pokrul ing Surabaya, miturut saking papriksan ingkang katindakakên ing C.B.Z. kakintên jalaran nêdha racun. Pulisi nindakakên papriksan ing pensiun Orient ing ngriku ing sacêlaking patilêmanipun ingkang ngajal, pinanggih wontên gêlas isi jampi

--- 1314 ---

Cyaankalium ingkang sampun dipun wor ing toya. Kintên-kintên jampi wau ingkang kangge sarana nglalu. Nalika gêsangipun tuwan wau katingal botên sênêng.

Pulisi ing Padhang mêntas ambêskup buku basa Arab ciri Al Qur'an Waloomoel Asjriah, suraosing buku wau kaanggêp adamêl kirang sênênging tiyang agami sanès.

Dhirèkturing pangajaran amartosakên, sarèhning ing Surabaya kasumêrêpan kathah pamulangan ingkang murid-muridipun wontên ingkang sakit budhug (lepra) supados anjagi kêncêng, murih sêsakit wau botên nular. Kajawi pranatan ingkang kados ingkang sampun katindakakên, buku-buku tuwin barang sanès-sanèsipun gadhahaning lare ingkang sakit kados makatên, supados kabêsmi, dene barang-barang sanèsipun ing pamulangan ngriku, cêkap dipun ukup mawi formaline.

Dèrèng dangu wontên kuli kontrakan bôngsa Jawi cacah 650 wangsul saking Surinamê. Têtiyang wau sami ambêkta arta kintên-kintên sadaya wontên f 35.000. Miturut undhang-undhang, residhèn ing Batawi lajêng andangu dhatêng têtiyang wau, punapa wontên sabab-sabab ingkang andadosakên kawratanipun nalika wontên ing ngrika. Para kuli namung ngaturakên kawratan ing bab ambiyantu waragad pangangge.

Wontên pawartos, raosan ing bab sataun isi 13 wulan, kados ingkang dipun usulakên dening polkênbon, punika tumrap golongan dagang ing Batawi tuwin sêrat saking golongan dagang ing Sêmarang, ngaturi katrangan dhatêng dhirèktur lanbao, bab wau botên condhong, malah kenging dipun anggêp tumrapipun Indhonesiah botên anyondhongi.

Têtiyang ing Kalidhadhap, Gunungkidul, gadhah kapitadosan dhatêng wêlut agêng jalêr èstri ingkang manggèn wontên ing balumbang dhusun ngriku, wêlut wau kaanggêp kramat, kenging dipun têdhani brêkah punapa-punapa. Wusana wontên sawênèhing tiyang nganggêp, bilih wêlut wau botên gadhah daya punapa-punapa. Malah wêlut wau kenging dipun pancing, panjangipun 2 M. kubêngipun 25 c.M. Têtiyang ing ngriku lajêng ical kapitadosanipun.

Nalika kangjêng tuwan ingkang wicaksana rawuh ing Banjarmasin, tinampi kanthi gênging manah, têtiyang ing ngriku angaturakên pisungsung awarni pêpêthan baita salaka.

Tiyang nama Watmasastra, sêkatêr pagadhean guprêmèn ing Cimahi, dipun cêpêng ing pulisi jalaran nindakakên prakawis cidra, inggih punika nglêbêtakên dhatêng pagantosan barang-barang têmbaga tuwin alpakah dipun sêpuh êmas, ingkang ing sêratipun gantosan kalêbêtakên barang êmas, tuwin dipun gantos satapsiring barang êmas. Barang-barang wau warni sêsupe 43 iji, dipun gantos f 301.- artanipun sampun dipun têlasakên.

Pasabinan ing Suntêr, Batawi, cacah 300 bau, amanggih karisakan jalaran katêmpuh ing ama tikus. Kapitunanipun kintên-kintên wontên f 16.000.

Ing bab têdhak dalêm ingkang Sinuhun kangjêng Sultan ing Ngayogya dhatêng Surabaya, sampun wontên wartos dhawah ing tanggal 26 wulan punika, bidhal dalêm saking Ngayogya kèndêl ing hotèl Madiun prêlu dhahar, dalunipun nyare ing Surabaya wontên ing Oranyê Hotèl. Dintên Kêmis tanggal kaping 27 mara tamu opisil dhatêng paduka guprênur Jawi Wetan tuwin burgêmèstêr Surabaya, lajêng dhatêng pêkên taunan. Dalunipun mariksani pêkên taunan malih. Dintên Jumuwah tanggal 28 mriksani pêrang-pêrangan kapal ing sagantên. Dalunipun lênggah pista ing sositit Modderlust. Enjingipun mara tamu opisil dhatêng marinê komandhan Tuwan A. Vos salajêngipun dhatêng platsêlêkê militèr komandhan. Dalunipun mriksani pêkên taunan malih. Ngahad tanggal 30 mriksani kêrapan, saha sasampuning dhahar kondur dhatêng Ngayogya.

Hapênmistêr ing Surabaya tampi pawartos saking kapitaning kapal van Riemsdijk, bilih lampahing kapal wontên ing margi antawinsingantawising. Kupang kalihan Pasuruan wontên tiyangipun ingkang ical, nama Nara Venji bôngsa Hindhu. Saha sampun dipun padosi, nanging botên pinanggih.

Wontên rangutan 30 badhe kakintunakên dhatêng sajawining Indhia, sarêng lampahipun dumugi sacêlaking Pangkalan Brandhan, dipun êndhêg ing kontrolir, awêwaton undhang-undhang angayomi sato kewan. Nanging wusananipun kewan-kewan wau sami ical, kakintên dipun colong ing tiyang.

Pawartos saking Administrasi.

Langganan nomêr 3268 ing Sala. dhuplikat Kajawèn nomêr 69/70 saha 72 sampun kula aturakên. Sanès dintên manawi botên nampi Kajawèn malih, kula mrayogèkakên paring priksa sarana karcis.

Langganan nomêr 2006 ing Panaraga. Pambayaran tumrap kwartal 4, sampun katampi.

Langganan nomêr 3390 ing Jêmbêr. Pos wisêl tiga pisan sampun katampi. Dhuplikat Kajawèn nomêr 71 kakintun 15/9. P.P.71 t/m 73 kakintun 11/9. Almênak kakintun kaping 6/9- 28.

--- 1315 ---

Wêwaosan

Sêrat Kêmbang Jaya

Dening Md. Dohiri

6

[Asmaradana]

anggêbyur Sondong Wêdari / nglangi tumêkèng sabrangan / cukat arikat tandange / Sondong Majêruk kroncalan / kacokan kêtagihan / ngalêntrih binuntêl banyu / bola-bali gulagêpan //

Sondong Wêdari anggêndring / wus lêpas pêlayunira / tan nêdya anolah-nolèh / Sondong Majêruk gya mêntas / krèkèl-krèkèl kranggehan / tanpa daya bayu nglumpruk / bola-bali kulakêpan //gulagêpan.

nulya lumayu nututi / nanging kêndho playunira / Ki Sondong tansah nglêntere / Sondong Wêdari samana / lêt watara têlung pal / wus prapta ing Jôntra dhusun / wismanya Bok Rondha Jôntra //

bok rôndha adarbe siwi / mung siki wanodya endah / cahyane mancur mancorong / ni rara maksih walanjar / mangkya sinêlir marang / Sondong Wêdari pinundhut / mung kinarya lêledhangan //

anuju surup hyang rawi / Sondong Kêrti praptèng wisma / bok rôndha dahat sru kagèt / ngandika mring putranira / gêndhuk kakangmu prapta / ni wêlanjar gya lumayu / anungkêmi mring kang prapta //

ngandika Sondong Wêdari / ngrêrêpa mêmalad driya / nini mirahingsun dhenok / pun kakang minta karyanta / sathithik lêganana / kinarya nyambung nyawaku / bok rara jiwit ngujiwat //

matur sarwi balang liring / lah kakang mundhut punapa / sêsajèn wus nèng ngarsane / dhinahar nora lênggana / Sondong Kêrti ngandika / nini bangêt panrimaku / pasihanta mring pun kakang //

namung pamintèngsun nini / sira ngadia busana / aywa ana kuciwane / ing mangko kalamun prapta / Sondong Majêruk kakang / dibisa sira riningsun / lêlewa mêmalad driya //

manawa tyase wus goling / ngathêkêr nguthuh asmara / lêganana nimas age / mêngko manawa wus nendra / arsa ingsun prajaya / dimène tumêkèng lampus / dadi kanthine kris ingwang //

[Kinanthi]

yayi ingsun arsa blusuk / anèng ngisor longan bêcik / poma diparêpit sira / aywa kongsi ngêtarani / Sondong Kêrti nulya brangkang / anèng ngisor longan glinting //

mangkya bok wêlanjar gupuh / nglakoni prentahing Kêrti / ngadi warna lan busana / ujwala kadya sinangling / mrak-ati ulêng-ulêngan / netra lir trênggana lindri //

kèwêse angundhung-undhung / gêlung lukar morak-marik / rema mêmak ngandhan-andhan / sarira sêmu ngalêntrih / waja kengis nglaring kombung /Guru lagu seharusnya a: waja kengis nglaring kombang. pipi andurèn sajuring //

angagêm kasmêkan gadhung / yudênta mungup akengis / sinorot diyan gumêbyar / sumunar ambêngle keris / mundhak ayune sakala / mawèh wirangrong abrangti //

anulya pintu tinutup / bok walanjar mapan guling / ngalèlèh ing pasarean / netra tansah mêrêm mêlik / ginagas jroning wardaya / karsane Sondong Wêdari //

datan pantara ing dangu / ana suwara kapyarsi / nothok-nothok minta lawang / bok walanjar nyapa aris / sapa ta kang minta lawang / apa kakang Sondong Kêrti //

ngandika Sondong Majêruk / dudu Sondong Kêrti mami / Sondong Majêruk pun kakang / wêngakna pintumu yayi / manira arsa têtanya / apa rakanta nèng ngriki //

bok walanjar tangi gupuh / sinome ambyuk ing rai / pintu nulya winênganan / Sondong Majêruk umanjing / bok walanjar api jola / kagyat myat kang lagi prapti //

Ni Wêlanjar ngandika rum / winoran ulat rum manis / sumôngga kakang pinarak / dalu-dalu têka prapti / wontên pakaryan punapa / akarya kagèting ati //

ngandika sarwi malat-kung / kasmêkan tinarik-tarik / yudênta mingis sumunar / wonga-wonga ngingis-ingis / Sondong Majêruk pinanas / kêpanasan tyasnya melik //

dhuh mirah ingsun wong ayu / rakanta Sondong Wêdari / mau apa mrene nimas / bok rara mèsêm sarya ngling / sampun wontên kalih wulan / arinta datan mariki //

malênggong tyasnya manjêlut / Sondong Majêruk duk myarsi / sakala tyasnya kagiwang / kêni warastra kang mingip / anèng gêndhewa kasmêkan / kang manthêng kênthêng pinusthi //

bubrah tyasira barubuh / kêbrukan wukir sarêsmi / kêpèpèt datanpa daya / yudênta tansah mêmengin / mêmanas panasing driya / Ki Sondong kalbèng yumani //

ngandika Sondong Majêruk / têka kêbênêran yayi / pun kakang kêsêl kalintang / gojèk lan rakanta nini / dhuh mirah rining pun kakang / jênang gamping saupami //

apuranên dhuh nimasku / pangujaning siwi yayi / sagung ingkang kaluputan / gêndèr wrêksa saupami / lah ta yayi timbangana / brangtane pun kakang iki //

mung sira ingkang kadulu / tumuntung tungtunging ati / pangetung loro lan sanga / wêlasa pun kakang nini / mung sira ingkang sun rasa / rasaning tyas ingsun iki //

minarda gêng jroning kêdhung / sela panglawêd jêjampi / baya sapisan kewala / pun kakang wus nrima yayi / sukêt galêng rinumpaka / jangkrik gêng nèng kêbon yayi //

pêksi môngsa padha batur / ancur bata saupami / palwa kandhêg ing samodra / luputa sir ingsun yayi / nora wurung mati kalap / tuwin mati rontang-ranting //

sun labuhi lêbur têmpur / wau kang tansah wiyadi / Sondong Majêruk samana / lali mungsuhira lami / kang ketang sajroning nala / mung dhenok kang lindri-lindri //

ni walanjar rinarungrum / nanging api-api runtik / runtike kanthi ngujiwat / sangsaya angrêrandhuhi /angrêranuhi. Sondong Majêruk sangsaya/ [sang...]

--- 1316 ---

[...saya/] pangungsêde dèn têmêni //

cinêndhak critanira wus / nutug datansah karon-sih / arêmak-rêmpu syuh lêsah / Sondong Majêruk gya guling / kêpati dènira nendra / lali kêpulêt pawèstri //

têka tyasira kayungyun / ayun mring ayuning warni / kêlêp kalap ing asmara / ilang kaprayitnannèki / Sondong Wêdari samana / tyasira amindha gêni //

jaja bang malatu-latu / pêtêng paningalirèki / pêpêt kapêpêtan duka / nulya ambrangkang umijil / dupi myat kang sare jajar / akrodha Sondong Wêdari //

Rambut Pinutung ingunus / angucap Sondong Wêdari / Kakang Majêruk tangia / rêbutên Sondong Wêdari / tumêngaa ing akasa / tumungkula ing pratiwi //

watakênwatêkên. pujamantramu / mumpung durung angêmasi / Sondong Majêruk janggirat / tinadhahan Sondong Kêrti / cumêprot ing jajanira / kêrise amblês sapalih //

tan sambat Sondong Majêruk / satuhu lamun ngêmasi / Sondong Wêdari anabda / lah nini karia bêcik / pun kakang arsa lumampah / têrus mênyang Majasêmi //

ngaturake kêris kuluk / mring wadana Majasêmi / nini yèn wus katur benjang / pun kakang bali mariki / ni walanjar gya ingaras / sinungan ulat rum manis //

[Dhandhanggula]

duk samana purnama bênêri / riyu-riyu kang ima nirmala / sumilak wiyat padhange / ya ta Sondong Majêruk / kang jrêbabah dhêpani siti / kunêng ni bok walanjar / lawan renanipun / bingung tyasira amaras / angandika lah nini paranta iki / kadunungan butamal //

yèn kongsia kêwanguran janmi / nora wurung aku lawan sira / cinêkêl banjur rinante / yêkti tugêl gulumu / ni walanjar tyasira miris / dhuh biyung kadiparan / mungguh ing rêmbugmu / bok rôndha nulya ngandika / marang putra nini mungguh rêmbug mami / ayo padha dibuwang //

dadi nora kadunungan bukti / lah ta mara gèr padha dibuwang / bêcike ayo disèrèd / môngsa kuwata junjung / kadwi samya cancut acincing / winangkiswiningkis. tapihira / têkan dhuwur dhêngkul / mangsah bok rôndha anyandhak / sikil kanan ni walanjar sikil kiri / bangke nulya linarak //

age-age dènira anarik / sumêlang yèn kasêlak konangan / mring janma datan wun rame / karone tan angetung / ri bandhotanbondhotan. sungil arumpil / munggah mudhun galêngan / nasak-nasak grumbul / kêcanthol-kêcanthol sangkrah / balur barèt babak-bundhas niba tangi / katujune purnama //

panglaraknya wus watara têbih / têkan tapêl watês Kêmaguwan / lan Majasêmi alèrèn / nulya tininggal mlayu / wong sakloron padha anggêndring / rêbutan salang-tunjang / niba-tangi nubruk / tan winarna playunira / ni walanjar kalawan biyungirèki / samana praptèng wisma //

ni walanjar tangise drêngingi / sambat-sambat bangêt pêrihira / gêtihe mili dalèwèr / mangkya gênti winuwus / Sondong Kêrti ingkang lumaris / laju tan mampir wisma / tan winarnèng ênu / wus prapta ing Sukmayanan / laju manjing jro wisma datanpa kering / warnanên Sukmayana //

duk umiyat mring Sondong Wêdari / kanthi kuluk kalawan curiga / dahat agêng ing galihe / ing tyas apindha gunung / nulya samya sukan angênting / bojana andrawina / gantya kang cinatur / Sondong Majêruk layonnya / gilang-gilang munggwèng watês Majasêmi / kalawan Kêmaguwan //

sikil karo munggwing Majasêmi / Sirahira anèng Kêmaguwan / mangkurêp layon tibane / nanging prênahing tatu / munggwing bawahing Majasêmi / mangkana gagat enjang / wayah surya muncul / kacrita ana wong desa / kang ngawruhi layone ingkang gumlinting / nulya awara-wara //

misuwur Sondong Majêruk mati / nulya katur marang Kêmaguwan / Yuyurumpung age-age / nitih titihanipun / ginarêbêg para patinggi / rame asigra-sigra / samana wus rawuh / ing dununging layonira / Sondong Majruk Yuyurumpung anungkêmi / klara-lara karuna //

nulya Yuyurumpung ngandika ris / hèh ta bocah lah sira mênyanga / mring Majasêmi ge-age / manira turi rawuh / Radèn Sukmayana ing ngriki / arsa sun jak mariksa / ana rajalampus / dahat manira tan nrima / ing patine Sondong Majêruk puniki / yun mundhut paukuman /

nulya mentar kang liningan aglin /aglis. tan cinatur lampahing caraka / pan cinêndhak caritane / samana sampun rawuh / Sukmayana sawadyanèki / Yuyurumpung ngandika / katara ing sêmu / binarung panasing driya / nungkak krama datan mawi wigah-wigih / hèh Radèn Sukmayana //

marma sira manira aturi / anèng ngriki yun dak jak putusan / ing bab rajapati kiye / ingsun tan trima tuhu / Kakang Sondong Majêruk mati / anèng kene dunungnya / saka panêmuku / wong kene kang amarjaya / tandha sêksi dene bêkas kêris munggwing / dumunung bawahira //

lawan manèh sikile kêkalih / anèng bawahira iku nyata / yèn sing matèni wong kene / katôndha tapak suku / anèng bawahing Majasêmi / têtêp yèn patinira / Si Sondong Majêruk / tuwuh saka bawahira / iku nyata yèn wong kene kang matèni / manira tan narima //

marmanira ing samêngko mami / minta ukum wong ing bawahira / dibalojodana kabèh / kabèh sandhanganipun / kari kathok tan malih-malih / sanadyan sira pisan / uga kudu katut / jalaran pagene sira / darbe bawah wong kang atine muthakil / bongganira priyôngga //

anadene lamun sira bangkit / amènèhi katrangan kang nyata / kalawan tôndha sêksine / yèn kang matèni wongku / aku uga gêlêm nglakoni / kapatrap paukuman / kaya kang wus kasbut / nanging sêlak sèwu lôngka / kalamuna wong Kêmaguwan kang juti / dene matine kakang //

dumunung nèng bawah Majasêmi / nitik tapak sikile mêlanggrang / bawah Majasêmi gone / sawusira amuwus / Yuyurumpung gya malang-kêrik / kocap Dyan Sukmayana / mênêng datan muwus / kagagas sajroning driya / paran baya gon ingsun bisa ngunggahi / jalaran pancèn nyata //

dadya minggu datan bisa angling / nulya ana sawênèh kang ngucap / Ki Singapadu arane / wondene Singapadu / iku jaksa ngiras pêpatih / nagara Carangsoka / limpad ing pangawruh / pintêr amutus prakara / dhasar adil datan darbe bena kasih / pamucunging pamancas //

(Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]