Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-10, #1643

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1928, #1643
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-01, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #373.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-02, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #374.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-03, #1643 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #375.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-04, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #376.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-05, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #377.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-06, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #378.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-07, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #379.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-08, #1643 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #380.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-09, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #381.
10.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-10, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #382.
11.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-11, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #383.
12.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-12, #1643 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #384.

Ôngka 80, 20 Rabingulakir, Taun Alip 1859, 6 Oktobêr 1928, Taun III.

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1381] ---

Ôngka 80, 20 Rabingulakir, Taun Alip 1859, 6 Oktobêr 1928, Taun III.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêphrèdhên.

Sawangan adi.

[Grafik]

Lêlêngkèhing parêdèn ing pulo Sumatra

--- 1382 ---

Raos Jawi

Dhandhanggula.

Kaurutakên Dêntawyanjananipun, sarta sabên sapada lingsa, pungkasan akalihan wêkasanipunwiwitanipun. nunggil swara, nirokakên, kados kumandhang: kumandhanging swara.

1. Ha: mêjao ora anyrambahi / iya kae eram kang nugraha / ana urip elok sae / eling ingkang satuhu / uning ing Hyang bisa ngawruhi / iki arang nêmaha / ala tan sinau / utawa ywa taha-taha / ana wau urun wruha apa mruhi / iku dlahan tan mlaha //

2. na: nèng kono nora dhêmên muni / nitik kuna nawa mrih sampurna / nama uning sajatine / nekad lir gni tinunu / nurut nunggal mor nguningani / nitèni kang pramana / nata mulang sunu / nênuhoni nuli pana / nala ngênu numan kêna nara nguni / niru wruh ing wusana //

3. ca: mêcoco coba ingkang suci / cikat mêca cara kang sakeca / cakra cakrak nora ngece / cekoh tan saru kucu / cukup cêtha Hyang Maha Suci / cinatur trang lir kaca / cara tan mêcucu / cumadhonga tan maleca / caca lucu cucut murcaca kang ruci / cinêkak wus têrwaca //

4. ra: kang loro ro wus nora kèri / rikat sira rasa kasarira / rana-rene nora sare / rewange tanpa turu / rupa tunggal iku lêstari / rinêksa kang tan dora / rata runtut ywa ru / rumasa kèh ingkang mara / rada niru rukun arêraga kèri / rinakêt kwasanira //

5. ka: samêngko kono klakon mriki / kibir môngka kala-kala têka / kana wruha ing samangke / ketung ingkang manêngku / kumêdah mung golèk makiki / kirane nora lôngka / kaya pa sirèku / kukupane kang jinôngka / kala laku kula blaka kaya iki / kinikis trus binuka //

6. da: tan kodo dosa yèn tan wadi / dilalah doh-dohna mring rubeda / daya êndang moh kang dede / dene wus dadya adu / dunung ing dat ingkang dumadi / dimèn bisa widada / daya-daya dudu / duwe kêsdik kêsdu sida / dana kudu duwe ngrêda dawa ngudi / dinulu wus waspada //

7. ta: tan mloto totohan jro pati / tita mêtu turut tlênging mata / ta tamatna bakal nate / tekad lir wruh sang ratu / tumrap lair batin nastiti / tinitik ambêg marta / tapa anak putu / tumêka tur nikmat nyata / ta kawêtu tutuk sarta tata-titi / titis trang mring sasmita //

8. sa: tan ngoso sorah gêgirisi / sira mirsa saka sipating sa / saha muksa lir pamase / seje kang dahat mêsu / suwung sirna sing rasa risi/ [ri...]

--- 1383 ---

[...si/] sisip yèn nganti ngôngsa / sapa tapa bisu / supaya mung bisa kwasa / saya mêsu suwur arsa sama kongsi / sidik sah nunggal karsa //

9. wa: nyuwowo wo nora kuwawi / wiwit wuwa wara-wara tuwa / wala-wala kwata suwe / wêweka aywa trèwu / wulangira muga suwawi / winisik kang tan cuwa / wara wêrdi sèwu / wusana kang sêpên hawa / wa kang brèwu wuwuh sarwa wala kuwi / wilujêng wah kawawa //

10. la: kang mlolo lo ywa nganti lali / liya nala lalawara ala / lama laku tan sapele / lèrèg yèn siyang dalu / lulus alus lan bola-bali / linuru bisa lila / lara aja nglalu / lumêbu lêng dèn la-êla / lana kèlu lugu nyêlala lah nuli / linilan Gusti kula //

11. pa: tan mopo pola wruh ing rupi / piye gape peranganing rupa / pasa murih nora supe / pêpeling wujud mupu / putusira kang samya kèpi / pinirit têpa-têpa / para angrêripu / purun ngilo wêruh apa / pana kipu purun ngrêpa padha rupi / pituduh plêk sanepa //

12. dha: tan bodho dhoso tan dèn gladhi / dhihin nylodho dhorènge tan mudha / dhadha bau tan bêbadhe / dhengah tan nèng rêridhu / dhuwur ingkang dhêmên Hyang Widhi / dhinapuk wus dhinadha / dha tidha kang ngridhu / dhumatêng kang olah kridha / dha wus wudhu dhukun madhadha si adhi / dhinêdhês tanpa padha //

13. ja: lir bojo jodho amung siji / jijal muji jinis mung mêmuja / jaga jênjêm mak plas seje / jerengan plêk tinuju / jumênênge jomblah sawiji / jinatèn tlênging jaja / jaya urip sarju / jumurung ingkang sinêja / japa laju jujur bêja jana aji / jinurung wus raharja //

14. ya: mung ayo yogyanira yayi / yi kinarya ya prêlu ngupaya / ya iya kang daya-deye / yeka ingkang rahayu / yuwanaa lir kapti mtayi / yi kiyi daya-daya / ya antuka wahyu / yudabrata kaya-kaya / ya mung guyu yutun ngaya ya lir bayi / yi mriyi duwe daya //

15. nya: tan lonyo nyoba jroning sunyi / nyidra sonya nyana lamun donya / nya yawara munya-munye / nyeda kang dahat lunyu / nyumurupi nyamlêng kang munyi / nyipati aja onya / nyata datan lênyu / nyumurupkên mring wong kênya / nya lir banyu nyuwun sih nyênyama sunyi / nyirik kang anyar ênya //

16. ma: lir êmo mo thèthèk thèk mami / mirik dêrma mata kang tumama / maha mênêng êmoh rame / melik milu katêmu / mulang muruk marma mung sami / mituhu koma-koma / mawa ngêsing sêmu / mula ngangkah kang utama / mara nêmu mupung rêma mamung darmi / miturut mrih katrima //

17. ga: grêk grago godha-godha agi / giris nganggo golèk kadya angga / gana gugur age-age / erohangerohan. dènnya ganggu / gugup-gugup nora dumugi / ginaris mung ginêga / gara-gara lugu / gusis kabèh gur sumôngga /gatra [/g...]

--- 1384 ---

[...atra] tunggu gumun marga ga mung mugi / ginulang sarwa lêga //

18. ba: mung babo bodho nging ngrahabi / bisa êbe beda nora grêba / baya ewuh boya darbe / beda bur tan kalêbu / bêbukane nut Kangjêng Nabi / binudi nyuba-nyuba / basa sabar klêbu / budi badal wohing coba / bawa ibu burus nyoba bapa bibi / binuka atut murba //

19. tha: tan cotho thotholan kang mathi / thithik bathu thêthukulan cêtha / tha ywa cêpethe-cêpethe / therekan yèn cêlathu / thukul mandi unining lathi / thikil trang lir nèng motha / tha wus mari ithu / thukulane wong ing kutha / tha moh skuthu thungul pêthatha kang bathi / thikile wus waskitha //

20. nga: andongo ngocap ambarêngi / ngijèn donga ngala-ala ringa / ngamadaka tan wruh lênge / ngene ywa rangu-rangu / ngêngurangi Allah jurungi / ngibarat kang tumênga / ngana-ngene wungu / ngusadani nora lunga / ngana dangu ngudi mênganga kang tangi / ngilo mrêm kang uninga //

Pun Kridhasarkara.

Bab Têtanêman

Kêdhêle.

Candhakipun Kajawèn nomêr 79.

Mênggah pananêmipun wontên warni kalih, kasêbarakên kalihan dipun panjakakên. Patrap kalih warni wau ingkang sae ingkang dipun panjakakên, amargi langkung irit wijinipun, sagêd ajêg antawisipun, sarta uwohipun ing benjing langkung kathah. Môngka manawi dipun sêbarakên punika prasasat namung sadhawah-dhawahipun, awis kêrêpipun botên ajêg, kathah wiji ingkang dhumawah ing papan ingkang sanès mêsthinipun, sabab wiji ingkang kêkêrêpên thukulipun botên sae malah trêkadhang botên sagêd thukul. Ingkang sae awis kêrêping tanêman watawis sakaki pasagi, dene anggènipun manjakakên sarana ngangge gêjig, sabên sagêjigan kaisenan wiji kalih utawi tigang êlas.

Wiji ingkang sampun dipun panjakakên wau botên watawis dangu lajêng thukul, wiwit punika dumugi ing salajêngipun, tumrap pangupakaranipun ingkang rêkaos sampun botên wontên, kajawi ing wancinipun matun, rumput-rumput ingkang sami tuwuh ing sakiwa-têngêning tanêman dipun bucali, supados botên nyuda suburing tanêman. Watawis umur salapan dintên, tanêman kadhêle punika sampun wancinipun asêkar.

Ingkang dados amanipun tanêman kadhêle punika namung lodhoh kalihan ulêr. Mênggah jalaraning katrajang [ka...]

--- 1385 ---

[...trajang] ing lodhoh punika, saking kirang kalêrêsan anggènipun ngolah pasitèn kala damêl gadhangan. Dene ingkang dados tandhanipun manawi kaparag ing ama lodhoh punika, tanêmanipun sami alum ingkang dangu-dangu lajêng pêjah. Dene ama ulêr punika môngsa kadhêlenipun manawi sampun wancinipun wontên isinipun, utawi môngsa godhongipun ngantos prigis. Sarana kangge nulak ama wau, wiwit sêkar prayogi asring dipun sambangi, manawi sumêrêp ulêr utawi kupu alit-alit saèmpêr kapêr kadah dipun pêjahi.

Kadhêle punika wontên warni kalih, kadhêle cêmêng kalihan pêthak, ingkang pêthak punika manawi pantun kagolong lêbêt, umuripun langkung panjang tinimbang ingkang cêmêng, dene kaotipun wontên manawi namung sawulanan kemawon. Makatên malih kadhêle pêthak punika langkung inggil, êpangipun ngrêmpoyok kathah, mila manawi nanêm antawising uwit inggih langkung wiyar. Wujuding kadhêlenipun langkung agêng-agêng tinimbang kalihan kadhêle ingkang cêmêng. Kajawi nanêm kados ingkang kasbut ing nginggil punika, wontên malih ingkang katanêm sêsarêngan kalihan pantun gaga. Kalanipun pantun gaga sampun wancinipun matun, kalihan ngrêsiki rumput-rumputipun, ing sasêla-sêlaning tanêman dipun gêjigi kauluran wiji kadhêle. Nanêm makatên punika nama sambèn, limrah katindakakên dening para tani ingkang wêkêl sarta mangrêtos. Punika kadadosanipun mikantuki sangêt, sabab ing têmbe kalanipun pantun gaga sampun sêpuh wancinipun ngênèni, kadhêlenipun inggih sampun sêpuh, dados nama panèn rangkêp.

Umuripun kadhêle cêmêng watawis tigang lapan kirang, dene ingkang pathak langkung saking samantên. Tandhanipun manawi sampun sêpuh, godhongipun sampun jêne, ing ngandhap sampun sami garing. Pangundhuhipun wontên ingkang dipun êrit, nanging limrahipun cêkap dipun jabêli kemawon.

Manawi badhe kasade godhogan, pangundhuhipun sampun ngantos kasêpuhên, raosipun ingkang tungtung lêgi mindhak ical kantun gêmpi gurih thok. Ingkang kasade makatên, sasampunipun dipun jabêli, godhongipun dipun prithili sarta dhangkèlipun dipun kêthoki, lajêng dipun bêntèli alit-alit, uwitipun ingkang panjang dipun têkuk-têkuk supados ringkês, lajêng dipun godhog.

Manawi pananêmipun kathah, limrahipun dipun damêl wose, patrapipun makatên: kadhêle ingkang taksih uwitipun saking undhuhan, dipun êpe kajèrèng tipis-tipis supados enggal garing. Manawi sampun garing tumuntên dipun gêdhigi, inggih punika dipun gêbagi mawi lonjoran dêling utawi kajêng, ing ngandhap dipun lamabari goni utawi gêlaran. Kados makatên rekanipun angoncèki kadhêle, dene gagang ingkang sampun botên wontên isinipun, dipun kalêmpakakên kenging kadamêl kajêng bong.

Protholaning woh ingkang mêntas dipun gêdhigi wau dipun rapèni,tapèni. kulit sarta godhongipun sami kabur, ingkang kantun kadhêle wose, manawi taksih wontên ingkang dèrèng nglècèp saking kulitipun, pangêdhigipun kambali malih, makatên salajêngipun ngantos sarêsikipun wujud kadhêle wose.

Kadhêle punika satunggiling têtêdhan ingkang mikantuki [mikantu...]

--- 1386 ---

[...ki] sangêt dhatêng jasating badan, amargi ngêmu jasad ingkang dados bêtahipun badan, inggih punika jad pêthaking tigan (eiwitstof) sarta gajih (vet), ingih punika satunggiling jading têtêdhan ingkang dados kabêtahanipun badan, kangge gêgêntos utawi ngêjogi jad ing badanipun tiyang. Kadhêle pêthak punika isinipun jad pêthaking tigan 36 bagean, gajih 17 bagean, glêpung 14 bagean, toya 24 bagean sarta jad sanèsipun ingkang 9 bagean, minôngka têtandhingan, manawi uwos isinipun jad pêthaking tigan 1, gajih 1, glêpung 76, toya 13 lan jad sanès-sanèsipun 2 bagean.

Mênggah ginanipun kajawi dipun têdha godhogan, kadamêl lawuhan, bubuk, pelas lan sapanunggilanipun. Ingkang kathah kadamêl tempe sarta kecap. Sakalih-kalihipun sagêd dados panggaotan agêng.

Manawi sampun dados tempe, lajêng dados lêlawuhan ingkang luwêsan sangêt, warni-warninipun namung kantun manut kaprigêlanipun ingkang ngolah kemawon. Kangge jangkêp-jangkêpipun, kados wontên paedahipun kaandharakên ing sawatawis, bab pandamêlipun tempe dhêle sarta kecap, sanajan kula dèrèng kulina dhatêng bab punika.

Ha: Manawi badhe damêl tempe, kadhêlenipun dipun rêsiki rumiyin, supados ical rêrêgêd utawi krikilipun, punika dipun godhog ngantos samatêngipun. Manawi sampun matêng kawadhahan ing tenggok, tumbu utawi wadhah sanès, dipun êkum ing toya kailês, prêlunipun badhe ngicalakên kulitipun, sarta anggènipun mawi toya wau dene kulit ingkang sampun sami nglècèp sami kumambang, dados gampil anggènipun ambucal, danguning pangilêsipun manut rêsiking kulit. Manawi sampun rêsik tumuntên kaêtus, ingkang kadamêl wadhah irig utawi sanèsipun.

Manawi sampun atus saèstu, klecepan wau dipun campuri bêkatul sakêdhik sarta dipun ragèni. Sasampunipun makatên, kantun ambuntêli mawi godhong waru, plasa, pisang lan sanès-sanèsipun. Sabên buntêlan dipun tangsuli mawi mêrang, lajêng dipun wadhahi kalêrêmakên tigang dintênan, punika sampun dados tempe.

Ing sanès panggenan kula sumêrêp tempe, ingkang saking pangintên kula botên dipun buntêli makatên, katitik saking anggènipun kandêl sangêt sarta wiyaripun mèh satampah, damêl tempe punika dados bakuning panggaotan, kathah tiyang ingkang panggêsanganipun saking anggènipun damêl tempe.

Na. Tumrap pandamêlipun kecap, kula dèrèng nate nyumêrêpi piyambak, ngrêtos kola saking takèn-takèn ingkang sampun sami mangrêtos, mila lêrês lêpatipun nyumanggakakên, sukur bage sèwu wontên ingkang karsa ngandharakên, sarana wêwaton ingkang nyêkapi. Dene anggèn kula dhapur gumagah punika, lowung minôngka ular-lar jangkêping andharan.

Manawi badhe damêl kecap, rumiyinipun anggodhog kadhêle ngantos samatêngipun, lajêng dipun êpe ngantos gangsal pitung dintênan laminipun, kadhêle wau dangu-dangu anjamur mêdal jamuripun mabluk pêthak. Sasampuning cêkap dangungipun,dangunipun. tumuntên

--- 1387 ---

dipun kosèk dipun rêsiki mawi toya. Ngantos ical jamuripun. Manawi sampun rêsik, lajêng dipun cêncêm mawi sarêm, abên sanèsipun: gêndhis kalapa sarta godhong sêre, punika wau dipun godhog ingkang lajêng ngêdalakên kecapipun. Dene ampasipun dipun wadhahi ing kalo utawi sanèsipun, supados atus kecapipun. Ampas wau kawastanan ampas kecap, taksih pajêng dipun sade.

Damêl kecap punika ugi dados panggaotan agêng, langkung agêng tinimbang panggaotan damêl tempe, limrahipun panggaotan wau kacêpêng ing bôngsa Tionghwa.

K.M. Sasrasumarta.

Bètèh

Sadaya karangan ingkang sampun kawrat ing kalawarti Kajawên bab rekadayanipun nênanêm, saking rumaos kula sampun kathah sangêt, pramila raosing manah kula, anggèn kula badhe ngandharakên bab pananêm lan pandamêlipun wiji bètèh punika sampun lami sangêt. Wosipun kados ing ngandhap punika.

[Grafik]

Bètèh punika lurik, sawarni krai.

Bètèh punika wowohan ingkang sampun kaprah sangêt katanêm dening para among tani. Pananêmipun ing môngsa katiga, sarêng lan pananêmipun: krai, timun lan sêmôngka. Sitinipun kêdah milih ingkang cêngkar, kapacul utawi dipun luku, lajêng dipun grabag. Anggrabag punika anggaru ingkang botên mawi toya. Rumputipun dipun pêndhêti, kawadhahan ing kranjang mata era, kabucal ing kalèn, utawi dipun pêndhêm, sarta dipun kowaki, lêtipun satêngah mètêr. Sarampungipun kowakan, kêdah kasrantosakên kalih utawi tigang dintên, prêlunipun siti wau sagêda ayêm, nuntên kawur-wuran (katanêman) isi ngalih utawi niga. Ananging pananêmipun wiji wau kêdah dipun dèkèki awu, supados sampun ngantos kamôngsa sêmut utawi cukil (pithi). Sathukuling wur-wuran wau enjing sontên mêsthi kasiraman. Panyiramipun kêdah ngangge sarang utawi gêmbor, supados wit wau sampun ngantos putung. Bilih [Bi...]

--- 1388 ---

[...lih] tanêman wau sampun godhong tiga utawi sakawan sawêg kenging kadhangir. Urut pinggiring pasitèn wau prayogi dipun bêthèki, sarta dipun tanêmi kacang lanjaran, prêlunipun sapisan. Kangge ngrapêti bêthekan, kaping kalih sagêd mêwahi kasilipun. Lho, punika rak inggih lumayan, ta, katimbang botên katanêman.

Sajatosipun bètèh punika tanêman punika ingkang genjah sangêt, umuripun kirang langkung kalih wulan. Wohipun sakalangkung angrêsêpakên manah. Samôngsa bètèh wau sampun mambêt wangi, mratandhani manawi sampun sêpuh (matêng), têrus kenging lajêng kaundhuh. Kalêrêpna ing griya rumiyin, supados wêwah ambêtipun. Pêpajênganipun bètèh manawi katandhing kalihan sêmôngka, taksih awis bètèhipun. Panjangipun ngantos 3 1/2 d.M. agêngipun sakempol. Wangun utawi warninipun manawi taksih nèm sami kalihan krai. Kaotipun bilih sampun matêng bètèh punika jêne utawi abrit.

Pandamêlipun wiji, miliha bètèh ingkang panjang lan agêng, dipun krowoki, isinipun kawadhahan irig, kakumbah mawi godhong dêling, supados enggala ical yiyitipun. Lajêng dipun êpe ingkang garing, sarta kabuntêl pipih pêthak ingkang rêsik, prêlunipun sampun ngantos kamôngsa bubuk.

g.b.d.

Pênjalin, Kaliwungu S.C.S.

Siyam.

Bali Sisih Kidul.

[Grafik]

Ing wêkdal punika, kawontênanipun ing Bali kenging dipun wastani dados tapak patilasan kina, awit ing tanah Bali taksih kathah wêwangunan kina, mila kathah para têtamu ngamônca ingkang sami mrêlokakên mriksani kawontênan ing Bali. Ing nginggil punika gambaripun palabuhan ing Bênowa.

--- 1389 ---

Wêdharing Batangan

Sandi Asma.

Nanggapi nutipun sadhèrèk rêdhaktur ing Kajawèn ôngka 77 taun 3 ing bagean Raos Jawi.

[Dhandhanggula]

Rarasing kang pangripta mêmanis / dèn mêmanis mèt candraning sastra / ngalèmprèh mung sagaduge / bèbèrke coban cubluk / isining tyas kang adrêng kingkin / marga saka kacaryan / tata titisipun / sasmita jroning Kêjawan / tratabing tyas duk maca jrudêmung manis / arda kapengin ngripta //

tatanira nadyan tan ngundhili / nanging kaya nora dadi ngapa / ing nyat jarag jêr katêmbèn / ngarah sandi jrudêmung / yogyanya dèn wiwiti saking / gyaning aksara ingkang / karya dhihin iku / tatananing urutira / awit saking ra lêgêna swara miring / disambung aksara da //

ning tinaling nylêkanthuk nylakênthing / ngrat ngalela punjul ing ngapapak / mindhik-mindhik nyigêg na ge / tanapi tan pinangku / sababe wus dèn pasangi ing / gung ebrah pasangan ma / nging pasangan iku / sanalika nyigêg uga / modar mak sêg aksara sa tanpa mosik / drana si pangkon mulat //

palarasan nulya mangku sarwi / ngaksamani ring para kang mêntas / samya anyênyigêg kuwe / mitambuh ha jumêdhul / dhumak-dhumuk linayar jlênthir / marani ya lêgêna / têngga ya disuku / padune wruh da lêgêna / rada wêdi marga wis tau matèni / nuli wa ulu prapta //

pik-apike ulu ya mung mlênthi / samêngko gya muncul na lêgêna / tuwa tur krakêt cêthake / wintala arang têluk / ring patine liyan sing kalih / sangsarane dhèwèknya / juga kèrèn jêdhul / rupaksara ta lêgêna / marak ati wasana ngaturkên ugi / niskaraning pambatang //

rasakêna kang santosa kwawi / dènnya nêja kêclap tan ambêkan / mastani wruh kana-kene / artine uninga trus / ya ta pêrlu sarwa nyrambahi / yuwana amung trusan / daya gênging kawruh / winisika mrih nugraha / nama cêtha cêthane wulange kaki / ta prêlu anggrahita //

Ka: 570.

Mawi sandi: Radèn Ngabèi Marta Sastrahartana ing Ngayogyakarta Hadiningrat, minta sagunging samodra pangaksami dhumatêng para nupiksa tuwin ring sang Jurumanis.

Red.

Batangan Raos Jawi Ingkang Sinandi.

Ing Kajawèn ôngka 77. Kula maos karanganipun, sadhèrèk: Jurumanis, ingkang kasêkarakên, Jurudêmung, mawi sandi sêkar Dhandhanggula. Rèhning ing ngandhapipun karangan, wontên dhawuhipun paduka rama redhaktur, kawrat sêkar Dhandhanggula, dhawuh madosi ingkang sêsinglon sandi wau, dados kula kêpêksa sasagêd-sagêd kula padosi, kula sêrat ing ngandhap punika:

[Pocung]

ra: di ngungun yèn dèrèng nyakêpi kawruh / na: dyan singlon gawat / su: musul dènnya ngulati / mar: ma ulun kumêdah mamrih tarwaca //

ta: ngèh lamun miriba sarjana luhung / lu: gu wicaramba / rah: ose sramèng wanadri / ing: agêsang tan mirang ginujêng liyan //

--- 1390 ---

de: ra mamrih angudi indhaking kawruh / sa: tuhu widakda / sê: dhèrèk ba Jurumanis / dhang: an ulun myat sandi ngandhap punika //§ Mawi sandi: Rana Sumarta lurah ing desa Sêdhang (ndhang).

[Dhandhangula]

ra: sakêna kang santosa kwawi / dèn: nya nêja kêclap tan ambêkan / mas: tani wruh kaanane /§ lêrêsipun kana-kene. ar: tine uninga trus / ya: ta prêlu sarwa nyrambahi / yu: wana amung trusa / da: ya gênging kawruh / wi: nisika mrih nugraha / na: ma cêtha-cêthane wulange kaki / ta: prêlu anggrahita //

Ngaturakên gênging nuwun, dene para sarjana, utawi para sadhèrèk, sami karsa akalangan wontên ing udyana Kajawèn, prêlu paring panggugah manah ingkang sami taksih kalêmpit wontên salêbêting sanubari, kados sak kula, rèhning panggenan kula wontên têlênging wana môngka kuwajiban nênuntun manahing bôngsa ingkang dèrèng tarwaca raos Jawi, pramila rêsèpipun para sadhèrèk bilih mêdal inggih kula siyar-siyarakên, dhatêng bôngsa ingkang nunggil, golongan kula, supados sami anggarjita, sagêdipun gêsang sêsrawungan. Bilih wontên kalêpatan ing panyêrat kula, kula namung nyumanggakakên para maos.

Sangking lêngganan K.1176 ing Sêndhang.

Red.

[Gambuh]

Agambuh rasèng kalbu / buka gaip kang dèrèng nalawung / wungwang dene dèrèng wontên kang dumêling / lingsêm yèn tan sagêd cundhuk / wong wrêdha ujare ngomplong //

paripêksa gumêndhung / dhungkèl dhangkèl kèlu ing pamuwus / wus kabanjur kadiparan dèn tututi / tiwas tuwas dèn gêguyu / marang ing sadulur anom //

nômpa sêsorah rêmbug / bugang kabèh kalamun tan cundhuk / nora wurung malah bakal dèn srêngêni / mung nyuwun apuranipun / wong wrêdha kang ambêk sombong //

bonggan gawe kalantur / tur nyatane durung wruh ing prêlu / lumuh nganggur mung anggêre waton muni / nêniwasi yèn kapatuh / tatu jêro wêkasing don //

dolanan kawruh samun / mundhak apa ing paedahipun / pundhês bakal kaliru angrêrèmèhi / cipta lôngka kumalungkung / wowong. nyatane durung jegos //

Ing Kajawèn ôngka 77 wontên gêgubahanipun sang linangkung: Jurumanis, sêkar Jurudêmung, sarta mawi sandi sêkar Dhandhanggula, sarèhning ki lurah rêdhaktur karsa paring idi sintên ingkang purun madosi, ing pundi panggenanipun sêkar Dhandhanggula wau, manawi saèstu dipun parêngakên, sêkar Dhandhanggula ingkang kangge sandi wau, ungêlipun bokmanawi makatên:

[Dhandhangula]

rasakêna kang santosa kwawi / dènnya nêja kêclap tan ambêkan / mastani wruh kaanane /§ lêrêsipun kana-kene. artine uninga trus / ya ta prêlu sarwa nyrambahi / yuwana amung trusan / daya gênging kawruh / winisika mrih nugraha / nama cêtha-cêthane wulange kaki / ta prêlu anggrahita //

Kasêbut ing nginggil manawi wontên kalintuning pambatang kula, mugi kaparingan pangaksama.

Saking kula:

Wara Manis Supraba ing Blitar.§ Ngagêm sêsinglon bok inggih sampun, Supraba, ananging Adaninggar kemawon.

Red.

--- 1391 ---

Ulah Raga

Bedaning Larasipun Tiyang Anjêmparing.

[Grafik]

Manawi bôngsa Jawi, patraping anjêmparing punika kalihan lênggah, tumrap ingkang astanipun andhêngklang kêtingal adamêl pantês. Nanging manggahing bôngsa Eropah, anjêmparing punika kalihan ngadêg. Dene wos-wosipun sami manjing dados ulah raga.

[Grafik]

--- 1392 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Kêkêndêlan saha Kajirihaning Lare.

Garèng : Nèk dak gagas-gagas kanthi êninging pikir, cara-carane ngupakara bocah kuwi saolèh-olèh kudu digêdhèkake anggone ngilangake kajirihane.

Petruk : Wiyah, gagasan ngajak ora omah kaya ngono kuwi, wong kowe durung tau katanggor duwe anak kaya prunanmu Si Kamprèt, mulane bisa kôndha mêngkono. Mara, sabên dinane Si Kamprèt kuwi tansah dak wêdèn-wêdèni, ewadene mêksa isih gawe susah wong tuwa bae, kaya ta: nèk bokne kabênêr nyêmbêlèh pitik, kuwi aku wis nrima, yèn dingèngèhana: gêndhing, dhadha mênthok lan pupune karo pisan, ewadene sok nganti mèh ora kêduman, ya kuwi saka dening ambêjujage Si Kamprèt mau. Upamane dhèwèke saiki banjur tak ajari kêndêl, aku rak sida mung uman cèkère thok bae.

Garèng : Hêm, wong wis nrima kok anggêre dingèngèhi gêndhing, dhadha mênthok lan pupu karo pisan, sasat pitik siji dipangan dhewe kabèh ane, Ora, Truk, ngrêtia, ati jirih kuwi sok bisa anjalari adohe mênyang tindak kang bêcik, sok nyêdhakake mênyang tindak ala, lan sok bisa andayani kabèh lêlakon kang bakal ditindakake. Mulane nèk ati sing jirih mau bisa dibuwang, wusanane banjur bisa tatag, kuwi ing têmbe bisa nuwuhake kêkêndêlan.

[Grafik]

Petruk : Kuwi aku ora cocog manèh, tuladhane rak pirang-pirang wong kêndêl sok dadi sangsara, kaya ta: Mas Arja, sapa sing ora wêruh kêkêndêlane dhèwèke. Maune rak wis kêpenak ta, dadi dara klèrêk kantor, blanjane tur iya wis nyamlêng, dilalah kacênthok karo kancane mung jalaran prakara sêpele bae, banjur pêcicil, ngêtokake kêkêndêlane sarta banjur plêk, nêmpiling kancane mau, wusanane iya banjur diaturi kondur alias dilêpas bae. Ana manèh kae lho, Radèn Mas Sarilae, kae rak iya kêndêl ta, maune rak wis enak eca gêbêg rôngka mangku rôndha, wong wis dadi ajung kêmis jarene. Wusanane mung dicênthok panggêdhene sathithik bae, banjur sanalika ngêtokake kêkêndêlane, sarta banjur pêcicilan, pandêlikan, cênanangan, kaya arêp ngalêthak-ngalêthaka panggêdhene, pungkasane iya banjur ngêmut driji, alias dilêpas saka pagaweane.

Garèng : Wiyah, nèk kaya ngono kuwi arane dudu wong kêndêl, ananging wong brangasan lan andalodok, [a...]

--- 1393 ---

[...ndalodok,] alias abdining mas bèi dhêmit, sabab mung arêp nguja kanêpsone bae, lan sapa wonge dhêmên ngumbar hawa nêpsune, kuwi iya banjur dadi baturing setan. Mungguh sing diarani kêndêl, kuwi dudu kuwanène anggone doyan gêlut utawa doyan anjotosi uwong, ananging kuwanène anggone anindakake kuwajibane tanpa wêdi susah lan kangelan. Kuwi kang diarani kêndêl utama têmênan.

Petruk : Tiga kali ora cocog manèh, nèk kêndêl anggone nindakake kuwajibane, diarani kêndêl utama. Rak ya pirang-pirang taun wong sing nindakake kuwajibane kanthi kêndêl têmênan, ora wêdi mênyang susah kangelan, ora wêdi mênyang lara, malah sok ora wêdi mênyang patine, ewadene kok diarani wong asor, kaya ta: tukang nyêbrot, maling, tukang ambegal lan sapêpadhane.

Garèng : Lho, tumindak kang kaya mêngkono kuwi rak dudu tekading wong kêndêl, ananging tekading wong kang kêkurangan. Mungguh sing diarani wong kêkurangan kuwi, ora ngêmungake wong kang kêkurangan pangan lan bôndha, ananging iya wong kang kêkurangan: kawruh, nalar, budi lan sapêpadhane. Mulane iya ora kêna diarani tindak utama, ananging tindak asor.

Petruk : Mêngko dhisik ta Rèng, aku tak takon. Kayadene anggangsir, ambêdhah pagêr, utawa mlêbu sarana ngrusak jêndhela, kuwi kabèh rak wis dadi pagaweaning maling. Mara, kalane nglakokake kuwajibane mau, apa ora kêna diarani kêndêl bangêt, awit yèn ora kabênêran rak bisa uga anjalari sirahe diambung palu, utawa ana pangot kêsasar lumêbu ing wêtênge. Ewadene sanadyan mutawatiri mêngkono, iya mêksa ora wêdi, ananging ditrajang bae. Mara, apa ora kêndêl kuwi arane.

Garèng : Tumrap wong kang cêkak nalare, tumindak kang mangkono iku, iya diarani kêndêl, ananging sanyatane malah kosokbaline, awit uwong banjur gêlêm anindakake nyolong, nyêbrot, ngècu lan sapêpadhane, kuwi sabênêre jalaran saka jirihing atine. Jirihe mau sabab kuwatir yèn kêpêksa banjur kudu nyambutgawe kangelan, wêdi yèn wêtênge banjur kêluwèn, yèn ora nyambutgawe sarana adus kringêt, idham-idhamane wong kang mêngkono kuwi, bisaa nyambutgawe kang ora kangelan, ananging bisaa cukup pamêtune. Mêsthine rak iya ora ana ta pagawean kaya kang dadi idham-idhamane mau. Sapa sing kêpengin cukup pamêtune, iya kudu sing pêthêl nyambutgawene. Ing sarèhne wis kabanjur suthik mênyang barang gawe sing kangelan, playune ora ana manèh iya banjur nglakoni durjana. Awit wong laku durjana kuwi yèn kabênêran, anggone nglakoni kangelan sapisan, olèh-olèhane sok nyukupi kanggo pangan pirang-pirang dina, mara, pikirên bae, wong sing wêdi yèn kaluwèn wêtênge sing suthik nyambutgawe, apa ora kêna diarani wong jirih lan asor bêbudène.

(Badhe kasambêtan)

--- 1394 ---

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking sêrat kabar sanès.

Pambantu Kajawèn ing Surakarta ngabarakên, bilih kaparêng dalêm ingkang sinuhun ing Surakarta, salêbêtipun taun Alip punika badhe ngramakakên putra dalêm Kangjêng Pangeran Arya Jatikusuma, dhaup kalihan putri dalêm suwargi Ingkang Sinuwun Sultan kaping VI ing Ngayogyakarta.

Sawêg sawatawis dintên punika pulisi angropyok dhatêng griyanipun salah satunggaling bôngsa Tyonghwa ing Warungmiri tuwin griyanipun satunggaling bôngsa Tyonghwa, ing Nusukan, sami ing kitha Surakarta, amargi sami kadakwa malsu barang daganganipun tiyang sanès, awarni rokok sigarèt, ing wêkdal wau pinanggih rokok pintên-pintên èwu, ingkang sampun dados sarta sawêg kadamêl dalah etikètipun, nyata barang dagangan tiron sadaya. Lajêng kabêslah kangge cihnaning prakawis.

Lêt sawatawis dintên kalihan dhawahing pasamuan agêng mahargya jumênêng dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VII têtêp kalih wêlas satêngah taun dhawah wulan Sèptèmbêr kapêngkêr punika, kaparêng dalêm andikakakên nanêm wit ringin manggèn ing pasitèn Balapan lami, kaprênah lèr pura Mangkunagaran, kanggè pangèngêt-èngêt. Wêkdal pananêmipun wit ringin wau mawi rinêngga arak-arakan, gôngsa Carabalèn sapanunggilanipun sarta dipun jênêngi ing panjênêngan dalêm kangjêng gusti piyambak (K. 585).

Kala dintên Ngahad, wanci siyang, gudhang mrêcon pabrik mrêcon gadhahanipun Tuwan Can King Hwat ing Ngastina sêtrat, Madiun kêbêsmi. Kapitunan f 19.000.- otên kalêbêtakên ing asuransi. Kasangsaran botên wontên.

Katêtêpakên dados patih ing kabupatèn Wanasaba, Mas Mohammad Tayib, patih ing Karanganyar. Dados patih ing Brêbês, Radèn Sutirta patih ing Wanasaba. Dados patih ing Karanganyar, Radèn Parwata, patih ing Brêbês.

Benjing tanggal 16 wulan punika, sampeyan dalêm ingkang wicaksana, Ingkang Sinuhun ing Surakarta badhe têdhak ing Sêmarang. Ing dintên wau badhe mriksani kapal motor Chr. Huygens. Ingkang nuju labuh ing Sêmarang. Dalunipun mara tamu dhatêng dalêmipun tuwan gupêrnur Jawi Têngah. Tanggal 17 rawuh martuwi putra ingkang krama angsal Radèn Tumênggung Sasrawadana, ingkang kabiyantokakên pakaryan pulisi ing Sêmarang. Dalunipun mara tamu dhatêng dalêmipun kolonèl P.D.A. Frankamp, Ir. Wouter Cool. Tanggal 18 kondur mampir mriksani pabrik sigarèt Mac Gillavry ing Jatirungga. Wontên ing Sêmarang nyare ing hotèl Du Pavillon.

Pasarean dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VI ing Astana Utara, kathahipun têtiyang ingkang dhatêng saya kathah, ngungkuli ingkang sampun-sampun. Ing dintên Sênèn kêpêngkêr motor mabur nagari Walandi Indhia ingkang kaping kalih, sampun dumugi ing Cililitan, sêtatsiun motor mabur ing Batawi. Bidhalipun saking Palembang ambêkta tiyang numpak, nama Tuwan van der Wilk, partikêlir, badhe têrus mabur dumugi Surabaya. Dhatêngipun para pandheganing juru mabur dipun papagakên ing para pangagêng, tiyang ningali kathah.

Wontên sawênèhing murid A.M.S. ing Batawi, ingsêr-ingsêran saking Stovia, sakit. Sarêng kalêbêtakên ing C.B.Z. dipun papanakên wontên ing klas 4, Môngka ingkang sampun kalampahan, murid Stovia manawi malêbêt ing griya sakit, manggèn ing klas 2 angsal têdha klas 3, saha sarêng wontên A.M.S. murid ingsêran saking Stovia inggih dipun janji têtêp botên ewah. Wusana sarêng Tuwan Dr. Bochard dados dirèktur C.B.Z. wontên ewah-ewahan kados makatên punika. Para murid A.M.S. sami usul dhatêng dhirèktur supados murid ingkang sakit wau kapindh dhatêng klas 2.

Pawartos saking Administrasi

Langganan nomêr 2417 ing Prêmbun. Pamundhut panjênêngan gontas-gantos adrès, sangêt adamêl karepotan. Botên sagêd nglaksanani.

Langganan nomêr 1182 ing Ngayogyakarta. Yatra f 1.50 punika tumrap kwartal kaping 4 punika.

Langganan nomêr 2949 ing Kauman, Tulungagung. Pos wisêl panjênêngan f 3, katlisiban ing margi kalihan panagihan kula. Têrangipun samangke makatên: f 3, kangge kwartal 4 saha kwartal 1 taun 1929. f 1.50 ingkang nêmbe kakintun tumrap kwartal 2 taun 1929.

Langganan nomêr 2042 ing Dhiwung (Têgal), pamundhut panjênêngan kajawèn nomêr 40 taun 1927, sampun kula kintunakên nalika 1/10-28. Bab ingkang prêlu makatên, manawi taksih wontên, kula botên kawratan ngintuni sarana lêlahanan.

Langganan nomêr 698 ing Cilongok (Ajibarang). Wisêl f 7.50, tumral 5 langganan sampun katampi matur nuwun. Prayogi sanès dintên kula urus piyambak.

--- 1395 ---

Wêwaosan

Sêrat Kêmbang Jaya.

Dening Md. Dohiri.

11

[Sinom]

Nêngna ingkang parisuka / wadya Paranggurdha sami / kocapa dhukuh Banthengan / Kêmbang Jaya kang winarni / nutug dènnya karonsih / datansah rèntèng rêruntung / mangkana ri sajuga / samnya lêlênggahan munggwing / jroning panti katri samya sukèng driya //

suka samya gêgojegan / kasaru caraka prapti / gupuh nulya ingacaran / laju malêbèng panti glis / sawusnya tata linggih / caraka nulya umatur / radèn sowan kawula / dinuta atur udani / mring rakanta Wadana Dyan Sukmayana //

yèn mangkya raka paduka / ing palagan nandhang kanin / watawis ragi rêkasa / paduka dipun aturi / mangkya dadi sêsulih / nyenapatènana pupuh / lan malih dhinawuhan / angantianganthi. mring rakanta di / Sapanyana sarênga ywa kongsi pisah //

kagyat Radèn Kêmbang Jaya / sumuking tyas sêmu runtik / ketang trêsnanya mring raka / gumrêgut wajanya gathik / nulya ngandika aris / mring Sapanyana dhuh adhuh / Kakang Mas Sapanyana / kadiparan karsanèki / apa kakang lênggana lumakwèng prentah //

sumaur Dyan Sapanyana / dhuh yayi mas ari mami / lamun wus condhong ing karsa / payo mangkata saiki / mênèk kasuwèn yayi / ambok dadi dukanipun / Kakangmas Sukmayana / lawan manèh paran yayi / kaanane paprangan yèn kita weya //

nora wurung dadi rusak / Sapanyana abêbisik / mring ari dyan Kêmbang Jaya / lah ta kabênêran yayi / bokmanawa puniki / dadi marganta satuhu / supayantuk nugraha / gonirarsa mêngku nagri / marma yayi bangêt ing pamintaningwang //

yogya lamun lumakua / ngiras-ngirus ing pakarti / Kêmbang Jaya duk miyarsa / manthuk kapranan ing galih / datan winarnèng wêngi / anulya pradandan gupuh / laju mangkat katiga / pabarisan kang kaèsthi / tan winarna katiga ing lampahira //

wus prapta ing pasanggrahan / Carangsoka gagat enjing / laju sowan mring kang raka / Sukmayana duk udani / mring kang ari kêkalih / ingawe umajêng gupuh / kêkalih ngaras pada / kang rayi rinangkul aris / angandika Sukmayana mring ri nira //

dhuh yayi Mas Kêmbang Jaya / lawan Sapanyana yayi / bangêt sukèng tyas manira / sira karo enggal prapti / sumêlanging tyas mami / mênèk tan mênangi ingsun / Rahadèn Kêmbang Jaya / rinangkul lungayanèki / binisikan sasat mèh datan kapyarsa //

yayi mêne ana marga / gèn ta datansah mangudi / nanging poma kang prayitna / ywa pisan angêtarani / lair labuh nagari / nanging batinira ngrêbut / marma pamintaningwang / sira mêtonana jurit / sira môngka dadi sêsulih manira //

dèrèng têlas wêlingira / kasaru gègèr ing jawi / horêging pra wadyabala / kêndhang gong bèri amuni / swara anggêgêtêri / sêlomprèt sêruni tambur / Rahadyan Kêmbang Jaya / anulya pradandan jurit / nitih kuda apelag busananira //

cingak sagung para wadya / nyana dutèng Maha Luwih / têtulung kang apês ing prang / warnanên para prajurit / wiwit têmpuhing jurit / rame asurak gumuruh / balêdug ambaludag / pabaratan dèn limputi / pêtêng dhêdhêt akarya gègèring wadya //

kunêng kang munggwing turôngga / Godhapati agêng inggil / amandhi sabêt liniga / lamun tinon angajrihi / sêsumbar gêgirisi / lah ing ngêndi warnanipun / Si Puspa Andungjaya / wong dora dursila juti / lah mêtua ing kene padha prawira //

payo agêgandhèng kunca / takêr ludira lan mami / angadu atosing tosan / kalawan kandêling kulit / miwah pucuking lungit / singa tiwas manggih lampus / kunêng Dyan Kêmbang Jaya / anandêrakên turanggi / wus cumundhuk ing palagan yun-ayunan //

cingak wadya Paranggurdha / umyat kang magut ing jurit / micarèng nala mangkana / sapa baya wong puniki / dene bagus ngluwihi / sasat Hyang Asmara nurun / baya wong Carangsoka / minta sraya dewa luwih / warna-warna rêrasaning pra punggawa //

kunêng kang ayun-ayunan / Kêmbang Jaya Godhapati / Godhapati tanya sugal / sapa kang mêtoni jurit / warnanta ngrêspatèni / antêng jatmita abagus / sumaur Kêmbang Jaya / tambuh marang awak mami / iya iki Kêmbang Jaya ing Banthengan //

Ari Radèn Sukmayana / kang kontap kotamèng jurit / Godhapati latah-latah / kalingane sira iki / mring raka ambelani / yèn kêna sun eman bagus / yogya sira mundura / eman warnanta apêkik / luwung sira dadia gamêl manira //

sun watara kiyatira / durung sapira abayi / sumaur dyan Kêmbang Jaya / tan sudi switèng sirèki / hèh sira Godhapati / ywa bobot kiyating mungsuh / yogya sira nungkula / têmbe ingsun karya bêcik / lamun nora yêkti kari aranira //

bramatya angayat pêdhang / Godhapati nabêt aglis / wus prayitna Kêmbang Jaya / kêkudhung parisirèki / jumêblès angênèni / pêparisira amurub / suraking mungsuh rowang / kadi ta ambêlah bumi / nyana lamun Kêmbang Jaya amor kisma //

saking kiyating panadhah / rosane panabêtnèki / pêdhang katikêl kasingsal / sru bramatya Godhapati / pêdhang binuwang têbih / ganti nyandhak tumbakipun / muyêk watang-winatang / tangkis-tinangkis agênti / watang tikêl sêbrak anarik curiga //

linarihan Kêmbang Jaya / trangginas dènnya ngendhani / arame udrêg-udrêgan / anèng luhuring turanggi / kêris tan migunani / anulya [anu...]

--- 1396 ---

[...lya] mancolot gupuh / tinilar kang turôngga / adharat dènnya ajurit / gantya gêlut okol ukêl lêng-ulêngan //

ganti banting ganti dhupak / jak-jinêjak git-jinênggit / suka ing tyas kang tumingal / suraknya mawanti-wanti / lir banthèng tawan kanin / Godhapati tandangipun / agêng luhur sêmbada / Kêmbang Jaya mênang wasis / cukat trampil lir sikatan nyambêr walang //

kalenan pangendhanira / sinaut Kêmbang Jaya glis / cinandhak dèn ikal-ikal / binanting binuwang têbih / surak pra wadya sami / gumêrah saengga gludhug / horêg ing pabarisan / Sapanyana duk umèksi / gya lumumpat akarya manising yuda //

[Dhandhanggula]

ngikal pêdhang ingasta kumitir / Sapanyana majwèng pabaratan / gumêrah wadya surake / awas dènira dulu / Godhapati yèn mungsuh salin / maju ayun-ayunan / Godhapati nambung / hèh hèh sira bêlis laknat / kalingane Sapanyana dhalang anjing / pintêr angapus krama //

ing samêne sira mapag jurit / gôndra pira kêkuwatanira / môngsa ngêntèkna otote / yêkti yèn sira lêbur / ajur-mumur dening wak mami / lah mara tampanana / kacung piwalêsku / sira kang dadi jalaran / wirang ingsun pantês yèn nêmua pati / cinandhak limpungira //

sumiyuting limpung mèh ngênani / Sapanyana cukat endhanira / kasingsal adoh tibane / dahat malatu-latu / Godhapati anyandhak aglis / talêmpak munggwing asta / kumitir sumiyut / Sapanyana tinalêmpak / dhininginan tinampèl astanirèki / kasingsal kontal têbah //

rame surak lir ambêlah siti / binarunging gong bèri wurahan / suka kang umiyat kabèh / Sapanyana andulu / Godhapati rusuh ing jurit / binuwang pêdhangira / krura ngamuk punggung / nir baya anir wikara / ngungsêd ngubêr karepotan Godhapati / cinandhak gya binuwang //

tiba krungkêp wau Godhapati / sru bramatya bali mambêg krura / gumuruh wadya surake / lir banthèng soroh amuk / Sapanyana tanggon nadhahi / agêlut lêng-ulêngan / dangu luk-pinêluk / akakah cêngkah-cinêgkah / Godhapati sarosa panyêngkahnèki / Sapanyana cinandhak //

wus binanting binuwang atêbih / tumarutul Radèn Kêmbang Jaya / krinubutkinrubut. ro ing pêrange / datan kewran ing pupuh / Kêmbang Jaya cinandhak aglis / sarosa wus binuwang / tibanira kantu / wangsul maju ing palagan / cincing kunca tan èngêt bêbaya pati / gapyuk ulêng-ulêngan //

rame angrok bôndawala pati / gulung-gulung gêgulung gêlêngan / gumuling-guling agêntèn / rosa pamêlukipun / Godhapati wus kinapithing / binanting gya binuwang / sinurak gumuruh / tinêtêg têngara ngangkang / kasapihing surya ing ancala manjing / samya mundur ing yuda //

kunêng gantya winursita malih / enjangira tinêtêg têngara / kêndhang gong bèri arame / swarèng surak gumuruh / kunêng wau Sang Godhapati / wus malbèng pabaratan / sarwi ngikal lawung / maju Radèn Kêmbang Jaya / samya dharat kêkalih dènira jurit / rame swaraning surak //

wang-winawang thik-inguthik gênti / samya wasis trampil kalihira / datanpa guna watange / aganti ngasta dhuwung / Kêmbang Jaya satuhu wasis / endha ngering manganan / Godhapati rusuh / panuduke tanpa daya / anglir nuduk wayangan awola-wali / tan ana kang tumama //

duk umiyat Kêmbang Jaya aglis / anamakkên dhuwung paringira / Dyan Sukmayana kakange / Kyai Rambut pinutung / winawas mring jajanirèki / pinèt ing lenanira / anulya sinuduk / jaja manrus ing walikat / Godhapati ambruk andhêpani siti / palastra tanpa sambat //

swarèng surak rame gêgêtêri / sasat kadi ambêlah pratala / binarung sêruning slomprèt / pra wadya samya bingung / dahat saking sukanirèki / jèngklèk ajêjogedan / nglêtêr pating blulung / kêplok-kêplok giyak-giyak / kawarnaa wadya Paranggurdha sami / dupi wrin gustinira //

(Badhe kasambêtan)

Ngaturi Uninga.

Waosan Sêrat Kêmbang Jaya sawêdalan malih sampun tamat, kados para maos sampun sagêd anggalih piyambak dhatêng sêngsêming cariyos wau.

Ing satamatipun waosan Kêmbang Jaya, badhe gêntos waosan gancaran, nama Sêrat Jaka Pitutur, cariyosipun sae, tur inggih nêngsêmakên, tuwin kêtingal bilih cariyosipun wontên sayêktos, ing pangintên tamtu inggih damêl karênan.

Mugi sabara ing galih.

Red.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 81, 24 Rabingulakir, Taun Alip 1859, 10 Oktobêr 1928, Taun III.

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1397] ---

[…]Hilang setengah halaman.

--- 1398 ---

[…]Hilang setengah halaman.

Raos Jawi

[...] Wara Sumewa.

[...] njênêngan dalêm nata. Kasêkarakên Mêgatruh.

maruk / rangkêp nora gawe sêrik / rijêkine pating slorok //

ka : kang katêkan kajwara mring kônca rukun / kasêmbadan môngka mangkin / kanthi kôntha wruh ing êkun / klangkung kêkêt kukuh kingkin / kèh kamulyan muga klakon //

da : dimèn mandi dunung darbe daya kudu / dipun têkdir dene ngudi / duwe kêsdik dadya kêsdu / dilalah dang dêdêl dadi / dora dohna tan maido //

ta : trang nurutan tamat tumut datan kantun / tita titi titis batin / tumon tuman tumaruntun / tlênging ati trus prihatin / têmên sêtya tuhu kraton //

sa : sirik nasar sing lêrês lan sasar susur / Sang Sri Ganjar wus tan nlisir / saha nêsêr nora ngêsur / sae dhasar sabên êsir / sungkêm sarwa andhap-asor //

__________

Ing nginggil punika gambaripun Radèn Mas Arya Yudawinata, mayoring prajurit dalêm ing Surakarta, inggih ingkang kagungan karangan Wara Sumewa tuwin ingkang sêsinglon: Jurumanis.

Kados ing ngriki prêlu kacariyosakên sakêdhik mênggahing sêsêbutan arya. Tumrap ing karaton dalêm Surakarta, pangkat agêng ingkang mawi sêsêbutan arya, punika têgêsipun wayahing nata, dene Radèn Mas Arya Yudawinata punika wayah dalêm suwargi Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun P.B. IX.

Redhaksi Kajawèn angaturakên gênging panuwun dhumatêng panjênênganipun Radèn Mas Arya Yudawinata, dene kaparêng lêlangên ing Kajawèn. Ing pamuji mugi dados panuntun dhatêng priyantun sanès-sanèsipun kaparêng manjurung.

Red.

--- 1399 ---

wa : wuse lawas watêkira writ yèn muwus / wasis nora nêmên criwis / wêruh wantêr wudhu kang wus / wèh wêwêngan wah katawis / wis warata wuwuh kang wos //

la : lah wus nêlas lan nèng praja labêt lulus / labuh nagri wus kawilis / la kula kang langkung tulus / lêrês lêpas mikir gêlis / lamun sowan lôngka bolos //

pa : plêk wus têpa pas munggahe dadya êmpu / pungkasane gung nyukupi / pasrah ngêpêng padha kipu / pêpak tômpa rupi-rupi / prentah bênêr tan pinopo //

dha : dhing wus kondhang dhasar mudhêng nora kidhung / dham-dhamane yèn ginêndhing / dhêng-dhênge dhèng datan gêndhung / dhuh sang nata condhong nyandhing / dhamang mundhi tibaning dhong //

ja : jêjêl bêgja jajah jêjêg tyase maju / jago jaya kèh kang muji / jênêngira pijêr nuju / jêjagongan jing wong aji / jajalên kang kêrêp tinjo //

ya : yèn pakaryan ya tan ayon mung kayungyun / yêkti daya kang rumiyin / yêg lan liyan nguyun-uyun / yèku srêgêp mulya takyin / yakin ngayangkara ayon //

nya : nyata sihnya nyêdhak kaya thuring banyu / nyawang ngêndi nora sunyi / nyadhang ngilangkên wong lênyu / nyamadi kang nyamlêng munyi / nyumanggakkên dohing lonyo //

ma : mêmpêng tuman mêlêng mula muluk gumun / mundhuk-mundhuk mèlu amin / mêndhak-mêndhak dhêmên lamun / mantêp-mantêp melik ngamin / mêlok mèmpêr dimèn amon //

ga : gawe lêga gur enggala lan ginugu / goda tilas wus dumugi / gêlis golong gung salugu / gamane gêng dugi-dugi / guna gunêm gênah kanggo //

ba : batur seba bontos bangkit sih sang prabu / baku barkah brol nyawabi / bablasira wus kalêbu / bangkit baut bôngsa nglèbi / barang barêng borong babo //

tha : thok-ingêthok thuk-thukane cêtha mathuk / thik-thik osik kang pinêthik / thênguk-thênguk nêmu kêthuk / thik-kinêthik bêcik nrithik / thuking abdi wus gumathok //

nga : ngês brêngangang ngrêti bangêt nora bingung / ngana-ngene tan nèng mênging / nganti mintirkên wong pêngung / nguwasani ngêdham kenging / nganggo mlèngèh tangèh ingong //

Tambahan.

yuwanaa sêkalir ingkang ginayuh / daya yêkti mugi-mugi / widadaa kang dèn suhun / nama ingkang tansah eling / tapa entuk sihing Manon //

Tamat.

--- 1400 ---

Kabar Sanès Praja

Basa Turki Kasêrat mawi Aksara Latin.

Kajawèkakên saking Kalawarti Inggris.

Miturut katrangan saking sêratanipun Tuwan Dr. Charles Wells satunggiling ahli basa Turki ingkang misuwur sarta dados guru luhur ing pamulangan wadyabala lautan ing Sêtambul, kacariyosakên, bilih ing kawan dasa taun ingkang kapêngkêr, panganggening aksara Latin tumrap basa Turki, ingkang sadèrènging jamanipun tuwan dhoktêr wau sampun karancang ingkang kathah, punika angèl sagêdipun kalampahan, botên beda kalihan panyêratipun basa Inggris mawi aksara murih sagêdipun mathuk kalihan pakêcapanipun. Panjênênganipun amanggalih bilih aksara Latin punika botên prayogi sangêt tumrap ingkang kasêdyakakên ing nginggil, nyata ewah-ewahanipun wau badhe ambingungakên sangêt. Tuwan Dr. Wells botên nyana babarpisan, bilih ing taun punika ugi ing kitha Saloniki, dipun lairakên jabang bayi, ingkang asma Sang Ghazi Moestafa Kemal Pasja, sarta sarêng sampun jumênêng dados presidhèning republik, lajêng ngawontênakên pranatan, supados salajêngipun basa Turki kasêrata mawi aksara Latin. Ewah-ewahan wau katindakakên kanthi karampungan, ingkang sarujuk kadosdene kawontênan-kawontênan ing Turki. Sanalika sarêng sêdya badhe nindakakên aksara Latin wau katampi, lajêng dipun wontênakên komisi, ingkang kajibah adamêl rancangan ingkang mathuk kalihan kawontênanipun aksara Arab. Tumindaking komisi wau saklangkung alon sangêt, ngantos lajêng ngalilani tuwuhing carakan ingkang botên opisil. Langkung malih wiwit tanggal 10 Agustus, nalika Sang Kemal Pasja adamêl sêsorah wontên sajawining pangon ing sangajêngipun golonganing rakyat, ingkang sêdyanipun ajak-ajak dhatêng sadaya tiyang Turki, supados puruna enggal-enggal anyinau aksara Turki enggal punika. Miturut karampunganing komisi, komisi wau amanggalih prêlu, ing tanggal 16 Agustus, anyêbar wara-wara, ingkang anêrangakên, bilih sadaya carakan Turki enggal, ingkang sampun kaumumakên punika lêpat babarpisan saha botên anocogi dhatêng punapa ingkang sampun dipun putusi dening komisi dumugining kala punika. Carakan opisil, kajanjèkakên abdhe dipun wêdalakên sawatawis dintên malih, ananging kala punika sêrat-sêrat kabar sami angèngêtakên, bilih carakan enggal punika botên kenging kaanggêp opisil, sadèrèngipun katampi lêrês dening parêpatan agêng bôngsa Turki (polêksrad Turki), ing môngka anggènipun badhe ngawontênakên parêpatan, botên sagêd kalampahan sadèrèngipun wulan Nopèmbêr.

--- 1401 ---

Ananging pêpèngêt ingkang katindakakên sarana sabar wau, sajakipun botên adamêl rênaning panggalihanipun Sang Ghazi, jalaran lêt sadintên kalih dintên, lajêng kenging katitik saking wontênipun karangan ing sêrat kabar Djamhoeriat, ingkang mratelakakên, bilih wontênipun carakan enggal punika, ingkang angrancang tuwin amutusi lêrês lan lêpatipun, inggih ngêmungakên sang presidhèn piyambak, tuwin jurunipun pamrayogi sawatawis. Joenoes Nady Bey warga polêksrad Turki sarta ingkang anggadhahi sêrat kabar Djamhoeriat, sadèrèngipun pangkat dhatêng nagari ing sajawining praja, kêpengin sangêt pamitan dhatêng panjênênganipun presidhèn, saha inggih lajêng kalêbêtakên ing parêpatan ingkang wigatos wau. Sanalika punika piyambakipun kadhawuhan dening Sang Ghazi supados puruna dipun eksamên mênggahing kasagêdanipun ing bab carakan enggal wau. Dene wujuding eksamên anyêrati satunggiling cariyos ingkang dipun dhikte dening priyantun luhur wau. Sanadyan Joenoes Bey satunggiling tiyang ingkang gagah prakosa, ing ngriku angakêni, bilih kala punika angrumaosi bingung kadosdene lare alit, ewasamantên uwohing eksamênan katingal ragi sae, tandhanipun, padamêlanipun wau lajêng kapacak wontên ing sêrat kabaripun, inggih punika angêmot sêratanipun tiga wêlas larik, mawi dipun cirèni corekanipun Sang Ghazi sangang iji.

[Grafik]

Sang Ghazi Kemal Pasja Presidhèn Praja Turki ing sapunika.

Wiwit kala punika ugi, salajêngipun ing Turki mratah têtiyangipun sami ngrêmbag badhe carakan enggal wau. Sadaya kemawon, ingkang ngrumaosi nama tiyang, punika sampun mêsthi lajêng kakintên, bilih sami amajibakên badanipun anyinau aksara sangalikur punika, utawi mulangi aksara wau dhatêng tiyang sanès. Lan sadaya rakyat sami gumun dhatêng rikating tindak anggènipun badhe angsal kasagêdan ingkang enggal wau. Kacariyosakên bilih para ministêr kala punika anggènipun napak-astani asmanipun inggih mawi aksara Latin. Kantor-kantor umum sawatawis, sampun amiwiti migunakakên aksara Latin kangge gêntosipun aksara Arab, ing sêrat-sêrat kabar ingkang makatên punika inggih wiwit dipun tindakakên, lan ugi lajêng dipun wontênakên sêsorahing [sê...]

--- 1402 ---

[...sorahing] bab punika, wontên ing papan blag-blagan ing pamulangan luhur ing Sêtambul sarana pitulunganing pirantos kangge anyêthakakên suwara (loudspeaker). Salajêngipun nuntên dipun wontênakên pambudidaya ingkang prêmati, murih sagêdipun enggal sumêbaring sêratan Latin ingkang sagêd mathuk kalihan kawontênanipun aksara Arab.

Panglipur Manah

Narimah ing Satitah.

[Mijil]

Rangu-rangu gènira murwani / wijile katongton / mung milalu milara rasane / lali wirang kasêrêng ing kapti / nging mêksa nênangi / wênganirèng kalbu //

awit saking dènira kacênthik / tinêmu ing lakon / tan salisir mring kata gitane / pan ing mangkya linuri ing tulis / pamrihe mung dadi / minôngka pêpemut //

utamining janma iku kaki / ywa ngumbar kanêpson / anarima ing satitah bae / wit sing dadi tukirèng bilai / myang ewuhing ati / iku marganipun //

janma ingkang tan narima maring / ing satitah mangko / mung nut arda pangôngsa-angsane / nadyan katon lêjaring kang ati / myat ulate manis / kwèh namun pandulu //

anging mêksa sajronirèng ati / rasane mandhokol / lamun anèng ngarêpe mitrane / nyêla nacad pakaryan kang pasthi / tur maksih nglakoni / maune ginunggung //

janma ingkang mangkono sayêkti / mamrihe mung rusoh / kang sinêdya salina pangkate / ing tyasira pinêsu prihatin / gya papa kaswasih / tan narimèng kalbu //

wênèh janma salawase urip / tan marêm ing pandom / sakalwiring pakaryan wardine / lamun sêdya dhèwèke nglakoni / tan dadya sênênging / akêmba ing pungkur //

wus tartamtu mitranira sami / ewane sagolong / lamun katon mangkono yêktine / sakèh karya lamun ingupadi / antuke tan pasthi / wasana kaduwung //

ing samêngko kacuwan ing galih / têmahan malompong / awit ingkang dèn upaya mangke / ingkang enak lan jênjêming ati / yèn mangkono kaki / kang cêdhak mung krungu //

ing panggrêsah sambate andhrindhil / wit lamun eling gon / tuking sêdhih mung manut ardane / ing samêngko sêdyanirèng galih / gantya karya malih / nging mêksa kadlarung //

saking ganas datan darbe ririh / panrimaning batos / ing samêngko agantya ihtyare / ing saênggon-ênggon dèn têkani / mrih sugih lan singgih / sangsaya tan urus //

wus masthine manungsèku wajib / ihtiyar ing lakon / paran gone ihtiyar jatine / kang sayêkti kabêgjaning dhiri / mung lampah prêmati / kasêtyaning kalbu //

lawan pintêr ing pakaryan bangkit / grêgête katongton / bêcik burus sumèlèh liringe / iku marga kang bisa mranani / lamun dèn simpangi / mung ewuh tinêmu// [ti...]

--- 1403 ---

[...nêmu//]

kèhing janma winaonan sami / sumêngguh ing batos / ingaranan tan bêcik lakune / mung dhèwèke kang sarwa mantêsi / bêcike ngungkuli / sing olèhe muncu //

muncu-muncu êcake tan bêcik / wêkasan macothot / kaèdêkan tinindhih tan tolèh / mring sujanma kang ulah budyadi / prandene tan ngêrti / rumasa ing kayun //

saking gone tan narimèng ati / pangôngsa tan pundhoh / janma ingkang mangkono pagene / nora ana sêdyane maoni / mring karsèng pribadi / murkane tanpa nung //

lali ingkang datan lôngka kaki / tan nêdya linakon / abot ewuh mung ginawe dhewe / yèku janma ingaran tan yogi / bêgjane sumingkir / tan bisa lumintu //

lali marang bêciking sasami / kang wus anèng jêmpol / kang ingarah luwih ing bêcike / yèn winawas nyamut-nyamut yêkti / gêbyare tan kèksi / ing batos wus mêngku //

lir wong ngêlak sasamine kaki / wruh tirta tan tinon / sêdyanira anampik wardine / marang tuking kabêgjan sumandhing / katliwêng ing pikir / bêgjane linuluh //

apan kadya dongèngira janmi / mung dadya gêguyon / sêdyanira anjala ing mangke / angupaya mina tagih gurih / jambal dêlêg bêcik / mung tômbra kang mungup //

badhèr abang pirang-pirang kèksi / mung liwat malengos / paksa nurut manginggil parane / ing samangkya wruh wagal nêdhêngi / ya mêksa tinampik / golèk sing lwih bagus //

nanging mêksa tan bisa pinanggih / sêdyane kadudon / duk samana gya wêruh wadêre / saya jêtung sêdyanira bali / ngulari kang uwis / tinampik ing pungkur //

mina wagal lan tômbra tan panggih / wus lingsir ing kulon / kang kaèksi mung ucêng sliwêre / rèhning saking sayahe kapati / luwe ngintir-intir / ucêng gagang laju //

enggalira jinala tumuli / pinundhut agupoh / nulya mulih kêpati gêtune / upama ing mau-mau bêcik / mangkono wus olih / badhèr wagal bagus //

ing samêngko ucênge pinurih / karya tambêl butoh / nanging paksa mirasa rasane / wit dening wus tan antuk têtandhing / yèn mangkono pasthi / kaduwung milalu //

kang gumêlar ing jagad puniki / malela wus mêlok / noranana kabêgjan tan kanthèn / mring sukaning wardaya ta kaki / môngka sukèng galih / wus aran bêgja gung //

nadyan gêdhe cilika yèn kanthi / panrima ing batos / dadya sênêng tan ewuh lakune / yèku kêna ingaranan yakti / janma kang utami / tan nurut ing êdur //

têgêsira janma ingkang yogi / nrimèng titah mangko / marêm maring kontungane dhewe / tinômpa lan sukanirèng ati / ing sapangkat bêcik / wit dene wus wêruh //

marganira kauntungan iki / lawan sandhang mangko / miwah bukti srananira mangke / saking tabri gêmi ngati-ati / yèn wus gambuh kaki / mari nalangsamu //

titi tamat warsitaning tulis / aksama cinadhong / dhongdhingira tan ana manise / mung kumudu-kudunirèng kapti / sinau nênangi / kumêling tyas mangu //

S. Sukawiyata

Pamong siswa, Kuwukan, Kudus.

--- 1404 ---

Jagading Wanita

Tar Roti.

Roti 12 iris, tigan 6, gêndhis 3 sendhok, kismis sawatawis, puhan ½ gêndul, toya mawar 3 sendhok, manis jangan, mêrtega, bêskuwit bubukan.

Pandamêlipun: roti iris-irisan wau sami dipun osèr-osèri mêrtega kiwa têngên, lajêng dipun tumpuk, sasêlanipun dipun dèkèki kismis, manis jangan bubukan sakêdhik. Wusana dipun dèkèk ing wadhah ingkang sampun dipun osèr-osèri mêrtega tuwin dipun wurwuri bêskuwit bubukan.

Sapunika lajêng andamêl abên-abênan: tigan 6 iji dipun ublak, dipun wor kalihan gêndhis, puhan, toya mawar, saha dipun siramakên ing roti wau. Kajawi punika taksih dipun wurwuri bêskuwit bubukan dipun wori manis jangan bubukan sakêdhik, ugi dipun dèkèki mêrtega malih ing pintên-pintên panggenan.

Ing wêkasanipun dipun pan ingkang ngantos jêne.

Kêtan srikaya.

Olaha kêtan 1 kati, dipun santêni, ingkang sae dipun dang. Tigan 12 iji, gêndhis jawi sacêkapipun. Santên kalapa satugêl, dipun colok ing sarêm, godhong pandhan sadriji.

Pangolahipun: tigan kaublak, lajêng dipun suri santên, dipun dèkèki gêndhis, saha lajêng dipun olah, kaudhêg samatêngipun, anggènipun ngudhêg botên kenging dipun êndhani.

Pandhaharipun, duduh wau, inggih punika ingkang nama srikaya, kangge anduduhi kêtan.

Dhêdhaharan ing nginggil punika ingkang satunggal olah-olahan cara Walandi, satunggalipun cara Jawi, sadaya sami kapetang dhêdhaharan ingkang waragadipun miring, dene ing bab cocoging raos, kasumanggakakên ingkang kaparêng badhe nyobi.

Mênggahing dhêdhaharan, punika tumrapipun ing jaman sapunika, ingkang nama dhêdhaharan Jawi, wontênipun ing pasamuan, saya ingkang nama pasamuan agêng, sampun botên kalêbêt ing meja, kados ta bangsaning nagasari, mêndut timus, dene ingkang kêlimrah: ngangge dhêdhaharan cara Walandi, bangsaning rêmikan, malah ingkang kangge rêrênggan ing meja nama dhaharan agêng, inggih punika dhaharan ingkang mawi rinêngga-rêngga ing sêsêkaran, prêlu namung kangge pasamuan, ugi wontên ingkang lajêng dipun pêcah dipun dhahar, nanging sawênèh namung kangge rêrênggan kemawon.

Tumrap têtiyang Batawi, panganan agêng punika têtêp namung kangge sêsêkaring pasamuan, wontênipun ing meja botên nate dipun iris. Malah wontên panganan agêng punika namung sambutan. Upaminipun wontên tiyang bêbesanan, punika manawi sami ngangge pasamuan, pangananipun agêng cêkap gêntos ngangge pangananipun agêng tiyang ingkang mêntas gadhah damêl rumiyin, samantên punika tumrap ingkang

--- 1405 ---

rêbat cêkap. Dene panêdhaning panganan wau manawi sampun bibar damêl babarpisan.

Mênggahing dhêdhaharan agêng, punika awis rêginipun, mirah-mirahipun rêgi gangsal rupiyah, minggah-minggahipun wontên ingkang ngantos rêgi satus rupiyah. Tumrap ingkang dèrèng mangrêtos, mirêng rêrênggan satus rupiyah wau têmtu anjomplak, dene rêrêgèning têtêdhan kemawon ngantos samantên. Nanging tumrap ingkang mangrêtos, tamtu lajêng sagêd nindakakên kêrta aji, kados ta mirid saking awising abên-abênan ingkang dipun olah, rêkaos tuwin riwiling panggarap, upaminipun kemawon, bab martega sapanunggilanipun lan malih bab anggèning damêl rêrênggan sêkar gêndhis wontên sanginggiling dhaharan, punika sadaya sami padamêlan ingkang botên gampil, mila rêrêgènipun sampun mèmpêr kados ingkang pinanggih wontên ing wujud. Lan malih, ingkang rêgi satus rupiyah, inggih tamtu langkung agêng, langkung eca tuwin langkung pèni.

Wontênipun dhêdhaharan wau dipun wastani dhaharan agêng, kajawi wujudipun agêng, inggih atêgês dhaharan ingkang pandhaharipun kêdah sarana dipun pêcah-pêcah.

Ingkang sampun pinanggih, agêng-agênging dhaharan agêng punika saprangkul, punika sampun nama onjo, nanging tumrap ing Washington, Amerikah, mêntas wontên dhaharan agêng ingkang agêng sangêt, kangge pasugatan nalika nuju pasamuan. Panjanging dhaharan wau 10 mètêr, inggilipun 5 mètêr.

[Grafik]

Mênggahing abên-abênaning dhêdhaharan wau: glêpung 3000 pun, tigan 2000 iji, gêndhis 700 pun, tuwin sanès-sanèsipun ingkang kintên-kintên inggih sarwa kathah. Dene dhaharan wau kangge sadhiyan tiyang 4000. Mênggah wujuding dhaharan kados ing nginggil punika.

Ing sapunika para maos sagêd anggalih, kadospundi pandamêlipun, sadaya tamtu sarwa ngawontênakên padamêlan rêkaos. Gampilanipun sawêg anggènipun ambage kemawon inggih sampun ithu sangêt.

Kados makatên kawontênanipun ing donya.

--- 1406 ---

[Grafik]

Sami-sami golongan pasar taunan, tumrap ing tanah Jawi, ingkang agêng wontên tiga, inggih punika ing Batawi (Pasar Gambir), Bandhung tuwin ing Surabaya. Dene pasar taunan ing Surabaya gambaripun kados ing nginggil punika, kagambar ing wanci dalu.

Gurêm.

Para maos ingkang sami kagungan ingah-ingahan sato iwèn, tamtu sampun uninga satunggiling kewan alit ingkang nama gurêm. Awit sabên ayam ingkang nêmbe nêtês kuthukipun, ing pataranganipun wau tamtu kathah gurêmipun, sarta manawi sampun kaandhapakên saking patarangan wau, gurêmipun sumêbar dhatêng pundi-pundi. Nomêr 1, tiyang ingkang ngandhapakên wau têmtu badanipun sakojur kraos pating grêmêt, sarta gatêl, sabab dipun cokoti gurêm ingkang tumèmplèk ing badanipun. Sanajan dipun êdusi mêksa taksih kathah ingkang nèmplèk. Trêkadhang dalunipun manawi badhe tilêm ugi tansah susah.

Ingkang punika kula ngaturi pirsa, bilih makatên wau wontên sarananipun sapele nanging mêsthi sagêd ical, inggih punika sintên ingkang kagungan ayam nigan, manawi sampun badhe angrêm, ing pataranganipun wau lajêng kadèkèkana godhong cêpokak, wontêna 15 utawi 20 lêmbar. Insa Allah mangke manawi nêtês botên wontên gurêmipun, sok ugi botên kasèp anggènipun andèkèk godhong cêpokak wau.

Wasana galap-gangsuling ukara tuwin kithaling têmbung, mugi para maos aparinga sih pangaksama.

Sungkawa.

Ing Lêbong Dhonok.

--- 1407 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Kakêndêlan saha Kajirihaning Lare.

Candhakipun Kajawèn nomêr 80.

Petruk : Nèk tak gagas-gagas, Rèng, wong jaman biyèn kuwi kok luwih kêndêl tinimbang wong jaman saiki, nganti ana unèn-unèn: luwung mati tinimbang wirang, kaya ta: digawe isin ana ing ngarêpe wong akèh, banjur anganyut tuwuh, malah mung ditampik prawan bae, iya banjur ngêndhat. Seje karo wong jaman saiki, nèk ditampik prawan ujare: ora kurang wanita liya sing kinyis-kinyis, malah aku duwe kônca olèh kaisinan gêdhe bangêt, nganti barang darbèke dibêslah kabèh, kala samono iya pancèn banjur mati ... ananging krêtune. Mara, apa ora têtela bangêt, yèn kêndêl-kêndêl wong jaman biyèn tinimbang karo jaman saiki.

[Grafik]

Garèng : Mungguh omongmu ing bab unèn-unèn: luwung mati tinimbang wirang, kuwi rak gumantung mênyang panêmune wong siji-sijine, bisa uga nèk ing jaman biyèn, wong wirang banjur anganyut tuwuh kuwi dianggêp sawijining kaprawiran, ananging kaprahe ing jaman saiki, nèk mung ditampik prawan bae banjur ngêndhat, kuwi rak banjur dianggêp wong kang cêkak budine.

Petruk : Bab kiyi ora prêlu dirêmbug dawa-dawa, mung bae umume, wong jaman biyèn kuwi rak luwih kêndêl tinimbang wong jaman saiki, dêdongengane rak pirang-pirang sing kêna kanggo tuladan, kaya ta: Kyagêng Sela diêdu karo banthèng, utawa manèh Jaka Tingkir diêdu karo kêbo danu, lan isih akèh manèh tunggale, kang anyatakake kêkêndêlane wong jaman biyèn. Seje karo jaman saiki, wong ming ditakoni Walônda kanthi bênêr-bênêr bae, wis ngoplok, raine kathik katon pucêt, kuwatir yèn arêp digawe ala, amara, apa ora kêbangêrên.

Garèng : Kang mangkono kuwi sing salah sabênêre, wong sing diwajibake mulasara kalane isi bocah, awit cilik, bôngsa Walônda dipadhakake momok, wis mêsthi ta wêdine kuwi banjur rumasuk ing balung sungsum, kaya ta: nèk ana bocah nangis, kuwi amrih mênênge sok diwêdèni mêngkene: aja nangis, le, mêngko mundhak ditêkani Lônda. Malah burine têmbung Lônda mau sok dikanthèni têmbung mabuk, dadi sabanjure iya banjur wêdi karo Walônda, malah pikirane sabên Walônda kuwi kabèh mêsthi tukang mabuk. Ambok iya ngênêng-ênêngi bocah [bo...]

--- 1408 ---

[...cah] kuwi mangkene: wis mênêng le, ayo padha nonton Lônda baris, utawa: ayo padha nonton Lônda musik-musikan, lho, kuwi ing têmbe wohe rak bagus bangêt, kajaba ing têmbe bakal banjur ora wêdi, ananging uga bakal anduwèni trêsna, kang wusanane bisa agawe tata têntrêm lan karaharjaning praja, awit wong-wonge ing tanah Jawa kene bisa banjur dadi guyub rukun, ora tansah pasulayan bae.

Petruk : Upamane wong Jawa bisa kalakon mulang anake kayadene kang kok kandhakake mau, ananging sing kanane ora gêlêm nimbangi, têmtune iya ora bisa kalakon, jalaran aku dhewe kêrêp krungu ucap-ucapaning nyonyah Walônda nyang anake mangkene: aja sok dhêmên kêkumpulan kambi bocah Jawa, mundhak kêcepretan, êmbuh kêcepretan apa, ananging kono rak wis cêtha, yèn anak Walônda kuwi wiwit cilik dikulina ngrèmèhake bôngsa inyong, mulane barêng gêdhe iya ngrumasani basaning Yamadipati.

Garèng : Lho, aja kok banjur dipukul gambang sama rata ngono bae, bôngsa Walônda kuwi iya ora beda karo liya-liyane, iya ana sing dawa pikire, lan uga ana sing cupêt budine, kayadene Walônda kang mulangi anake kaya kandhamu mau, kuwi rak Walônda sing cupêt budine. Ora beda karo sawijining priyayi kang mulang putrane, dipênging kêkumpulan karo bocah kampung, jalaran dikuwatirake nèk putrane mau kêtularan dadi bocah urakan, ing kono priyayi mau rak ora ngèlingi, yèn bocah kampung kuwi durung kêna ditêmtokake yèn bêbudène luwih asor tinimbang putrane dhewe. Mulane yèn kowe mêndhaki Walônda kang mulang anake kaya kandhamu ing dhuwur, kowe aja mrêduli, awit kuwi rak prakarane kana, dudu prakaramu, luwih bêcik kowe ngèlingana mênyang piwulange para sêpuh mangkene: sing dhêmên mênyang samubarang kang kumêlip ana ing donya kene, awit kabèh mau gaweaning Pangeran, lan sing sapa dhêmên marang titahing Pangeran, kuwi prasasat dhêmên marang Pangeran.

Petruk : Dadi nèk miturut piwulang mêngkono mau, wong kuwi kudu tansah anduwèni wêlas asih bae marang sapadha-padhane, dadi sanadyan kanane sêngita kaya ngapa, kene kudu tansah dhê ... mên bae, yak, iya ora saguh aku nèk mêngkono kuwi, dadi nèk kanane ngrasani ala, kenene kudu ngalêmbana, nèk kanane nêmpiling, kenene iya kudu nrima lan nyuwara: sêmbah nuwun, mas. Wiyah, nèk aku wis disêbut wali, kiraku bisa nglakoni, salawase isih diarani wong lumrah, yèn kanane nabok, iya tak bayar nganggo kêpêlan, tur nganggo dikanthèni rèntên apês-apêse iya 200%.

Garèng : E, hla kuwi rak tindake wong ambêjujag. Sabênêre kono iya angèl anglakoni piwulang kaya ing dhuwur mau, ananging yèn bisa dilakoni têmênan, pancèn iya utama

--- 1409 ---

bangêt, awit sajatine manusa iku anduwèni daya tarik-tinarik, dadi saupama kanane sêngit, ananging kowe tansah dhêmên, suwe-suwe kanane iya banjur mari sêngite, lan nuli anduwèni tancêp trêsna lan têmên. Wis, wis, kok banjur nyêbal pathokan, wong ngrêmbug kêndêl, kok banjur slewengan nyang warung barang.

Badhe kasambêtan.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking sêrat kabar sanès.

Ing Karanggêdhe pinanggih wontên lare èstri umur 12 taun, pêjah gantung wontên ing wit-witan, nanging sarêng kapriksa ing dhoktêr, gumantunging lare wau sasampunipun pêjah, tuwin kêtitik wontên tôndha biru èrêm ing badanipun. Wusana pulisi angsal katrangan, bilih pêjahipun wau saking dipun gêbagi ing êmbokipun kuwalon, jalaran lare wau kapurih adus badhe dipun sunati botên purun, lajêng dipun gêbagi lan andadosakên ing pêjahipun. Lare sasampuning pêjah lajêng dipun cêmplungakên ing luwangan, dalunipun lajêng dipunantungakêndipun gantungakên. ing wit-witan.

Ing dhusun Mranggèn, Magêlang, wontên lare sakit dipun tilar piyambakan wontên ing griya, sarêng dalu karaos kêkês lajêng damêl latu badhe kangge api-api. Nanging sarèhning badanipun lêmês sangêt, nalika badhe api-api lajêng kêcêmplung ing latu, botên wontên ingkang mitulungi, wusana dumugi ing tiwas.

Wontên pawartos ing Makasar tuwuh sêsakit pês.

Wontên pawartos, sawatawis minggu malih ing Batawi badhe dipun wontênakên lelangan borongan pandamêlipun pakunjaran ing Struiswijk. Tapsiraning waragad f 600.000, rampunging panggarap kintên-kintên 400 dintên. Jalaran saking agênging yêyasan, badhe kaperang dados kalih golongan, pagêr jawi tuwin gêdhong-gêdhong cacah 300. Tigang prapating gêdhong-gêdhong wau kintên-kintên cêkap dipun ênggèni tiyang 600. Ing pakunjaran ngriku badhe kangge tiyang ukuman ènthèng tuwin tahanan jalêr utawi èstri.

Ing bawah Kêdhung Banthèng kêtingal wontên golongan komunis tuwuh malih, manawi parêpatan reka-reka damêl wilujêngan. Pangajêngipun, sami asli saking Surakarta. Manggèn wontên ing sakanan keringipun ngriku. Pulisi nindakakên pajagèn kêncêng.

Margi sêpur Kalisat Bôndawasa, ing antawisipun tamanan kalihan grujugan, pinanggih wontên sela-sela dipun pasang ing êril, panjangipun wontên 300 mètêr. Rahayu kasumêrêpan ing sadèrèngipun sêpur sênèl saking Surabaya langkung.

Kawartosakên, bilih hotèl S.S. ing Konêngsêplèn, badhe kalelangakên panyanggining waragad.

Pangadilan landrad ing Banyumas mêntas angrampungi prakawisipun pasakitan Martawijaya ing dhusun Srowot tuwin Sêtramêja ing Sura. Kadakwa amêjahi lare umur 14 taun sarana kalêlêbakên ing toya. Sami kaukum ngalih dasa taun.

Tuwan Pastur Beijens ing Singkawang, nalika nuju nguwot ing ôndha baita kêcêmplung ing sagantên, lajêng dipun padosi. Sasampunipun tigang prapat jam sawêg pinanggih, nanging sampun tiwas.

Sarèhning ing Batawi sampun madêg sèksi P.P.P.K.I. saking rêrigên rêmbag ing parêpatan, ngangkat Tuwan Tamrin Otosubrata tuwin Mistêr Martana dados komite ngawontênakên gêdhong P.P.P.K.I. piyambak, kanthi pangajêng-ajêng urunan saking para warga tuwin saking pakêmpalan ingkang tumut nunggil. Paedahing gêdhong wau kajawi kenging kangge parêpataning pakêmpalan-pakêmpalan kanthi waragad sakêdhik, ugi ing sabên 14 dintên sapisan badhe dipun wontênakên pêpanggihanipun para bêstir P.P.P.K.I. ngrêmbag bab pêrgêrakan tuwin ngawontênakên parêpatan umum sabên tigang wulan sapisan. Makatên ugi golongan Sarekat Islam ugi gadhah kajêng, ing sabên nuju parêpatan Rad Kawula, ing ngriku badhe kangge papaning parêpatanipun pakêmpalan warni-warni, ingkang ugi ngrêmbag bab ing Rad Kawula.

Opsir yustisi ing Surabaya nyuwunakên paukuman dhatêng pasakitan van Leeuwen 2 taun, ingkang kadakwa nindakakên salingkuh ing kopêrasi S.S.

Jalaran saking kathahing têtiyang ukuman, ing pakunjaran Glodhog tuwin Sawahlunta tuwin sanès-sanèsipun malih, ngantos kêkirangan panggenan, mila lajêng dipun adani ngawontênakên pakunjaran enggal ing Padhang, cêkap dipun ênggèni ing tiyang 7000, nanging sarèhning ingkang kathah sami tiyang golongan komunis, pakunjaran wau badhe kangge papanipun têtiyang golongan wau.

--- 1410 ---

Benjing tanggal 1 Januari 1929 badhe wontên têtiyang ukuman bôngsa Eropah cacah satus, kapindhah saking pakunjaran ing Sêmarang dhatêng pakunjaran ing Sukamiskin, Bandhung.

Ing kampung Tejakusuman, salêbêting baluwarti Ngayogya, wontên tiyang ingkang katrajang sêsakit pès paru, dumugi ing tiwas.

Pangadilan landrad ing Sukabumi mêntas angrampungi prakawisipun pasakitan nama Amat, ingkang kadakwa mêjahi tiyang kêkalih kalanipun nuju wontên papan karamean, jalaran saking dipun wadani. Pasakitan dipun ukum 18 taun.

Radèn Umar Sanusi, ajung lanbao konsulèn ing Ngayogya, benjing taun 1929 badhe anglajêngakên pasinaonipun wontên pamulangan luhur têtanèn ing Wageningen nagari Walandi.

Muhamadiyah ing Surakarta ambikak pamulangan tiyang siti wontên ing bawah kabupatèn Kalathèn, kados pamulangan ôngka 2, mawi dhêdhasar Kuran utawi mulang agami Islam.

Prakawis mandhat palsu ing Kapatihan Surakarta mêksa sêpên tanpa katrangan, kabaripun malah lajêng kajibahakên dhatêng para garap, sami kadhawuhan anglintoni.

Wontên pawartos, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adipati Danurêja pêpatih ing Ngayogyakarta, badhe nglêrêmakên sarira ngupados hawa asrêp wontên ing pasanggrahan dalêm Pracimaharja, Surakarta. Wontênipun ing ngriku badhe kaparingan sêgah klênengan saha niyaganipun pêpilihan.

Kala tanggal kaping 6 wulan punika, paduka gupêrnur ing Jawi Têngah Tuwan van Gulik nalika wangsul saking Têgal dhatêng Pakalongan, titihanipun oto dipun tututakên oto sangajêngipun nubruk tanggul saha lajêng ambalik, rahayu sadaya wilujêng, namung otonipun risak. Paduka gupêrnur namung tatu sakêdhik ing ugêl-ugêl, botên andadosakên sabab, dene nyonyah gupêrnur tatu sakêdhik ing sanginggil tingal kiwa. Botên dangu lajêng anglajêngakên lampah nitih oto saking kabudidayan sacêlakipun ngriku.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 2850 ing Jati (Jatibarang). Kangge almênak f 7.80, dados Kajawèn kirang f 0.12.

Lêngganan nomêr 2458 ing Purwakêrta. Sêrat Wedhatama sagêd mundhut tumbas dhatêng bukhandhêl Tan Khoen Swie ing Kêdhiri.

Lêngganan nomêr 3314 ing Simalawang (Surabaya). Lêrês f 1 punika tumrap wulan Nopèmbêr saha Dhesèmbêr 1928.

Lêngganan nomêr 736 ing Talu, Sumratah. Wisêl ing wulan Agustus kathahipun f 1.50 sampun katampi. Wangsulan botên kapacak ing Kajawèn, jalaran lampah ingkang makatên punika adamêl kapitunan (ngêbak-êbaki panggenan), Kajawèn ajêg pisowanipun punika, sampun mêrtandhani bilih panjênêngan botên nunggak. Kajawi punika rêsi saking pos harak kenging karimata.

Lêngganan nomêr 2818 ing Kulon Kêbên, Ngayogyakarta. Pos wisêl f 1.50 ingkang f 0.50 kangge nyaur tunggakan wulan Juli kapêngkêr. Ingkang f 1.- tumrap wulan Oktobêr saha Nopèmbêr 1928, kawuningana.

Wangsulan Redhaksi

Lêngganan nomêr 3047 ing Majawarna. Ing sarèhning undha-usuking basa punika pinanggih wontên ing undha-usuking pangkat utawi kaluhuran, makatên ugi ingkang taksih tumindak ngangge tata ngadat makatên punika ing tanah karajan Jawi, mila katrangan punika inggih mêndhêt têtuladan karajan Jawi. Tumrap ing Surakarta makatên.

Kula, punika têtêmbungan kangge sasami-sami, minggahipun dhatêng pangkat sanginggilipun, inggih taksih ngangge kula.

Kawula, punika têmbungipun tiyang pangkat alit dhatêng tiyang pangkat agêng utawi luhur.

Abdi dalêm, punika têmbungipun tiyang pangkat alit dhatêng ratu utawi sinatriya agêng (pangeran). Wêtahipun malih prayogi abdi dalêm kawula.

Panjênêngan, punika têtêmbungan dhatêng tiyang ingkang dipun ajèni.

Panjênêngan sampeyan, punika kanggenipun botên patos kêlimrah.

Panjênêngan dalêm, punika têtêmbungan tumrap dhatêng pangkat agêng.

Sampeyan dalêm, punika tumrap dhatêng panjênêngan nata.

Tumrapipun ing Surakarta tuwin Ngayogyakarta, undha-usuking basa punika warni-warni sangêt, jalaran ugi saking kathahing undha-usukipun pangkat tuwin kaluhuran, dados saupami dipun andharakên, kados botên patos migunani, kajawi namung tumrap tanah karajan Jawi wau. Lan malih tumrap sajawinipun Surakarta tuwin Ngaygyakarta, inggih sampun ngangge tata ngadat piyambak, saha sampun kêlimrah dipun tindakakên.

Radèn H. Wardaya, ing Ngayogya. Gambar ingkang kados makatên punika sampun kalêbêt limrah, mila botên kapacak, kakintunakên wangsul, nuwun.

Tuwan S. Miharja, ing Ngayogya. Ugi makatên. Kauningana.

Tuwan P. Sastra. Ing Kêmiri S.S. W/L. Kawontênan punika sampun kasèp, botên kapacak.

--- 1411 ---

Wêwaosan

Sêrat Kêmbang Jaya.

Dening Md. Dohiri

12

[Dhandhanggula]

Kasambut ing pabaratan nuli / ngamuk punggung nirbaya wikara / wadya sarêng ambyuk kabèh / singa katrajang mawut / samya ngungsi wurining baris / kang grombol-grombol dhadhal / buyar pating blulu / mangkana Dyan Sapanyana / Singanyidra katiga Sondong Wêdari / mapag kang ambêk sura //

katri kadya banthèng tawan kanin / singa ingkang katrajang adhadhal / mawut buyar ting kêcècèr / miris kang samya dulu / tan pantara paprangan kadi / banjur rah angalerap / bangke tumpuk-undhung / mêngsah amundur sadaya / samya nungkul masrahakên pati urip / tinampan panungkulnya //

pan wus katur ing ngarsanirèki / Adipati Puspa Andungjaya / dahat asangêt bingahe / Kêmbang Jaya pinundhut / mantu dening sang adipati / dhinaupakên lawan / Rayungwulan mungguh / tan winarna dhaupira / Rayungwulan lawan Kêmbang Jaya pêkik / atut rukun kalihnya //

duk samana kawarnaa malih / Sukmayana ingkang nandhang roga / kèhing jampi madal kabèh / ing ari juga nuju / wus tumêka janjinirèki / bali mring kalanggêngan / mulih mulanipun / riwusira paripurna / Kêmbang Jaya mung mundhut wasiyatnèki / tinggalane kang rama //

kêris kuluk apan wus ingambil / sigêg gantya mangke winursita / Puspa Andungjaya Radèn / ing mangke karsanipun / karsa sèlèh nagari maring / putra Dyan Kêmbang Jaya / jinunjung palungguh / mangrèh Carangsoka lawan / Paranggurdha môngka jumênêng bupati / manggèn ing Carangsoka //

ri sajuga anuju siniwi / pêpak sagung punggawa sadaya / anèng alun-alun andhèr / para panggêdhe dhusun / myang pra mantri lawan prajurit / Ki Singapadu ngarsa / lungguhnya tumungkul / sang bupati angandika / hèh ta paman dhawuhna mring wadya mami / mêngko karsa manira //

Kêmbang Jaya putraningsun iki / ingsun junjung anggêntèni ingwang / bupati môngka pangkate / Carangsoka sadarum / lawan Paranggurdha prasami / karèh mring putraningwang / lawan malihipun / ing samêne Sapanyana / ingsun junjung môngka kang dadi pêpatih / si paman môngka jêksa //

tur sandika Singapadu aglis / angundhangkên dhawuh sang bupatya / sakêdhap kawratan kabèh / mring pra wadya sadarum / sinauran mriyêm amuni / jumêgur bal-ambalan / rame swaranipun / gong bèri tambur wurahan / slomprèt suling tinabuh barêng amuni / binarung swarèng surak //

para wadya samya suka ngênting / tan pantara mijil saking pura / dhaharan ambêng sêsajèn / gumrudug tansah sêlur / nganti têkèng lun-alun taksih / wêdaling pasugatan / cinêndhak crita wus / akêmbul pra wadya samya / sarêng dhahar dahat dènnya suka ngênting / kocap gantya cinrita //

Adipati Kêmbang Jaya mangkin / arsa nyithak padesan kinarya / nagara ingkang arame / dene ingkang tinuju / apan amung desa Kêmiri / saking ing karsanira / anèng kono mungguh / dhasar dumunung nèng têngah / antarane Paranggurdha lawan malih / praja ing Carangsoka //

cêkaking kang carita wus dadi / saya lama agêmah aripah / murah sandhang lan pangane / tulus sarwa tinandur / sinung aran nagara Pathi / nênggih ing Pasantênan / mangkya kang tinutur / Adipati Kêmbang Jaya / karsanira sinantun asmanirèki / Radèn Jayakusuma //

wus misuwur ing môncanagari / Pasantênan adipatinira / lwih ambêk palamartane /paramartane. adil patraping kukum / marmanira pra wadya sami / jrih asih gustinira / ratu anggêpipun / samya ayêm têntrêm ing tyas / samya mungkul dènira anambut kardi / titi palêsthèng gita //

Tamat.

Sêrat Jaka Pitutur

Anggitanipun Mas Prawirasumarja ing Surakarta.

1

Kacariyos, ing pabrik gêndhis Sukaraja, bawah paresidhenan ing Banyumas, wontên satunggiling pangajêng kuli, limrahipun dipun wastani mandhor bêsar, nama Radèn Suryawardaya. Radèn Suryawardaya punika botên kalêbêt pintêr, nanging dhatêng padamêlan majêng, srêgêp, tumêmên satiti tuwin ngatos-atos. Salaminipun tumut pabrik ing dalêm kalih dasa taun, botên nate ngèthèrakên padamêlan. Para pangagêng sami asih trisna, saya malih tumrap tuwan sêtatir, êsihipun kasok, ngantos misuwur Suryawardaya anake êmas tuwan sêtatir.

Ing satunggiling dintên Radèn Suryawardaya jalêr èstri sami kesah dhatêng

--- 1412 ---

pêkên, ing sarèhning pêkênipun têbih, wanci jam 5 enjing sampun sami pangkat saking griya, kairing rencang jalêr kalih ambêkta pikulan tuwin sênik agêng, sarêng kintên jam 6 byar enjing, lampahipun dumugi sênggag (inggah-inggahan) nama Traguna, wusana kêpêthuk tiyang jalêr satêngah sêpuh, dêdêg pangadêgipun agêng inggil, badan katingal kiyat kabalungan, suwara agêng, polatanipun tajêm, mratandhani bilih kêkêndêlanipun langkung, tatag dhatêng samubarang. Tiyang wau nganthi rare èstri kintên sawêg ngumur sadasa taun, saha lajêng aruh-aruh dhatêng Radèn Suryawardaya kalihan têmbung ngoko: lho, sariramu arêp tindak mênyang ngêndi, dèn, môngka aku arêp sowan mênyang dalêmmu, wusana umun-umun katêmu ana kene.

Radèn Suryawardaya anjênggirat kagèt, dèrèng purun tumuntên mangsuli, nanging tiyang wau tansah dipun pandêng kalihan kagagas: sapa baya wong iki, sandhangane sarwa amoh têka wani ngoko mênyang aku. Sarêng sampun waspaos lajêng amangsuli sêmu gugup: O, Kamas Radèn Kusumapraja. Anu kamas, kula kalihan ingkang rayi tiyang èstri badhe dhatêng pêkên blônja, botên nyana kêpanggih kamas wontên ngriki.

Tiyang wau mangsuli: aja nyêbut marang aku Kusumapraja manèh, jalaran wiwit aku kêsandhung ing aral dhèk samana, aku banjur salin jênêng Wôngsadrana, mula nyêbuta mangkono bae, aku bungah. Kajaba iku dèn, amburu cukup aku ngaturi uninga, mula aku arêp sowan ing dalêmmu, prêlu arêp nyuwun tulung dhuwit satus rupiyah, dhuwit mau tumrap aku ing wêktu iki prêlu bangêt, prasasat nyawaku kang uwis oncat saka raga bisa bali manèh, mung sarèhning aku ora duwe barang kang mèmpêr kang kêna digawe tanggungan, bocah wadon iki tak aturake marang adhimas sakalihan, arêp digawea batur utawa apa bae aku mung nyumanggakake. Dene alurane bocah iki mangkene: nalika aku kêsandhung ing aral dhèk samana, adhiku wadon Si Sulastri Sindupraja banjur dipêgat sing lanang, sauwise mangkono banjur lunga saka ngomah golèk panguripan, kalakon dadi babu ana ing hotèl Dièng, salin jênêng Minah. Sajêrone aku nglakoni ayahaning nagara, êmbuh kapriye aku ora ngrêti, bakyumu Si Sulastri (Minah) disêlir dening sawijining priyayi wadana dhistrik, ringkêsane banjur ngêtoni bocah wadon iki, diwènèhi têtêngêr jênêng: Rara Sri Têmon, lan diparingi balônja sasasine limalas rupiyah, tumêka saiki isih lêstari ditampani bakyumu Sulastri. Ambalèni prakara butuhku dhuwit iku prêlu tak anggo sangu mênyang nagara kang adoh, wis sapuluh dina iki bakyumu Sulastri tak kongkon nyuwun dhuwit mênyang bapakne bocah iki, wangsulane wêdi, aluwung awake digadhèkake apa diêdol, iku awake bungah ora garantês. Sabanjure aku duwe rêmbug manèh, upama Si Sri iku tak ilokake marang Radèn Suryawardaya kowe apa lila. Wangsulane bakyumu Sulastri lêga lila lan bungah bangêt, amarga bocah iki kira-kira bakal ora kapiran. Kiraku kang bakyu wis sumurup yèn adhimas sakalihan ora pêputra. Kang mangkono iku, bangêt anggonku nyuwun pitulungan ing bab dhuwit.

Radèn Suryawardaya mirêng cariyosipun Wôngsadrana punika manahipun ragi gêtêr, amargi ngraos ajrih, jalaran sampun sumêrêp rambah-rambah mênggah katêgêlan tuwin kakêndêlanipun Wôngsadrana. Saupami panêdhanipun arta punika botên kapiturutan, mêsthi badhe manggih bilai badanipun, wusana pêpuntoning manah inggih lajêng dipun sukani kanthi têmbung ngêsorakên badanipun: arta satus punika lugu namung kula aturakên kemawon kamas, dene rare èstu kula suwun, kula êmong, prêlu kangge panutan, bokmanawi anjalari kula ginanjar sagêd anak-anak.

Wôngsadrana sasampunipun tampi arta satus rupiyah lajêng pamit kesah, dene Radèn Suryawardaya jalêr èstri botên saèstu dhatêng pêkên, nanging lajêng mantuk kemawon ambêkta Sri Têmon, dene ingkang kapurih balônja dhatêng pêkên cêkap rencang jalêr kêkalih wau punika.

Kocapa Sri Têmon salaminipun tumut Radèn Suryawardaya upami kêncanaa makatên, sansaya katingal sorotipun, kadosdene sinangling, dhasar ayu rinêngga ing busana botên kirang sarwa sarwi, mêloking wadana kados rêmbulan karainan, yèn lumampah jangkahipun sêmu kadung. Sintên-sintêna ingkang nyawang rumaos kêsabêt sambang liring.

Radèn Suryawardaya sakalihan, saya lami sansaya kasok trisnanipun, jalaran ingkang makatên punika, ngantos anjalari kamipurun nyuwun sih pitulungan dhatêng nyonyah sêtatir, kaparênga paring pitulungan amulang nyêrat, maos, tuwin padamêlaning tiyang èstri: nyulam, nyongkèt, ngrenda sasaminipun, punapadene amulang caraning tiyang èstri gêgriya tuwin kawruh sanès-sanèsipun. Dene nyonyah sêtatir sarêng uninga dhatêng wujudipun Sri Têmon, ugi lajêng dhangan paring piwulang, sarta lajêng gadhah tancêp asih. Makatên ugi pamardinipun Radèn Suryawardaya dhatêng Sri Têmon, namung kapurih nêmêni anggèning sinau, saugi têmêmên amêsthi enggal sagêd. Mila botên anggumunakên, salêbêtipun sinau ing dalêm kalih taun laminipun sampun kathah kasagêdanipun nyulam nyongkèt, ngrenda sampun sae, dene nyêrat tuwin maos ugi sampun mangrêtos, namung bab têmbung Walandi taksih kados menco, sanadyan makatêna ewadene Radèn Suryawardaya jalêr èstri bingahipun tanpa upami.

(Badhe kasambêtan).

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 83, 2 Jumadilawal Taun Alip 1859, 17 Oktobêr 1928, Taun III.

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1429] ---

Ôngka 83, 2 Jumadilawal Taun Alip 1859, 17 Oktobêr 1928, Taun III.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Sawangan ing Indo China Indhiya wingking

[Grafik]

Sêngsêming sawangan ing tanah Indo China punika mèh sami kalihan sawangan kawontênan ing Indhiya ngriki. Ing nginggil punika sawangan ing lèpèn sacêlakipun Laos.

--- 1430 ---

Raos Jawi

Kinanthi, têngahing pada lingsa kalihan pungkasaning pada lingsa sami, bilih sigêg: ta, inggih sigêg: ta sadaya, bilih kalayar, inggih kalayar sadaya, sapanunggilanipun.

Ha. E; kinaot ora baut / hèh kêlaut agi pait / ati kaot antêp dahat / uh kêsaut lan kêsait / angur baut êmoh jahat / eling nyehat Radyan Sahit //

na. nêng malênong kang dumunung / nênggih anèng tansah wêning / nuli sinung bisa mênang / nêgês mênêng ana maning / nora sênêng galap mênang / nanging dunung dening uning //

ca. cul tan mlèncèng moh yèn mok cung / cêg tan mlencong nora ngucing / cêtha kêncêng bancang-bancang / cêkak ngrancang cancut cancing / cake gancêng bisa gancang / clês pinacang datan mlêncing //

ra. rèhning ngarah dimèn wêruh / rêsik sarèh ngirih-irih / rak kinaruh kang dèn arah / rujuk ngêrèh aja jirih / rose murih tanpa warah / runtut nyarah kang pinurih //

ka. kudu dhokoh klayan kukuh / karêp akèh aja ringkih / kêncêng bakuh entuk barkah / kang tan mingkuh nora kongkih / kapranan kèh kongsi dhêkah / kêrêp ngrêngkuh kongkah-kongkih //

da. drêng andêdêr dadak udur / dadya blèndèr mondar-mandir / doh têngadur duwe nadar / dadi mundur kang tinakdir / dêdêl dlèdèr daya mandar / datan dludur tan pinêndir //

ta. têrus ngêtor nêtêr tutur / têrtip antèr tan kuwatir / turnèh bantêr gêtêr kentar / toring wantêr tanpa katir / tarlèn blatèr tur kawêntar / têrna mlêtêr pintêr mintir //

sa. sru tan kasor nora ngêsur / sing tan kasar yèn darbe sir / sing dhap asor saka dhasar / sing sèr-kèsèr saru gingsir / sasat kèngsêr susah nasar / sok ting glasar sabab glingsir //

wa. wruh ingkang wos wasis wuwus / wah dèn rèwès trang katawis / wutuh uwis wignya mawas / wrêdine wus mung cumawis / wêktu muwus walèh awas / wong ywa bèwès dènnya criwis //

la. lamun lolos ingkang lulus / lawan nêlas bisa gêlis / lah tan kèlês jatining las / lugu dêlês ala kalis / lan kalêrês tan mêmêlas / lêr lagya lês kadya lalis //

pa. pan pak êmpong padha rampung / plêke topèng kanggo tamping / plompang-plompong pintêr gampang / prêlu èmpèng kaping-kaping / pasthi kopong tyase numpang / patut dèn pêng ingkang ramping //

dha. dhong wus budhêng nora kidhung / dhasar ngèdhèng dhêmên dhongdhing / dhèngêr condhong dèn cêcadhang / dhèk tan blèndhèng trus ginêndhing / dhing nèng gêdhong bisa ladhang / dhêng-dhêng padhang dhuh sinandhing //

--- 1431 ---

ja. jaluk enjroh mrih tuwajuh / jane ijèh yèn tinanjih / jodho lènjèh eling pêjah / jing kêtrênjuh tansah ijih / japa jajah wus dèn grejah / jêbul bènjèh langgêng ijih //

ya. yèku ayo gayuh wahyu / yêkti priya-priye yayi / ya wis boyo nora liya / yutun kiye tyas lir bayi / yèn rahayu duwe daya / yakin mulya lus tan mriyi //

nya. nyata linyok gonyak-ganyuk / kênyal nyakot minyik-minyik / nyandhing nyonyok lanyak-lanyak / nyoba jènyèk lamun ganyik / nyidra bonyok babak bunyak / nyaru kênyak saru sak nyik //

ma. mula tuman tumut gumun / malah dimèn ngeman mukmin / myang pasêmon minta iman / mapan cikmèn milu amin / mêmpêng mêmpan ngeman-eman / mêsthi rêmên kèh kang ngêmin //

ga. gur mung êgor turu glugur / godha anggèr nêngah minggir / gugur-gugur gawe gagar / gênging gègèr ati gligir / gèk tinêgor nglênggêr wigar / gênah anggêr nora ngagir //

ba. badan blobor bakal blubur / bab lêbur wus kêna kibir / botên kobêr godha cabar / blêng mabur nèng alam kabir / bôngsa mibêr pating slêbar / bêblês kabur kang katêmbir //

tha. thikil kothong nora nglunthung / thêk tan ngèthèng kang kinênthing / thêr tan pithong wruh tan gothang / thukul ènthèng sêpi gêthing / thik-thik nyênthong ngathang-athang / thêng tan nglênthung kang pinêthing //

nga. ngudi ingong nora bingung / ngangkah mèngèng mêngêng mênging / ngaku pêngung nora mangang / ngês tan mlêngong prêlu nanging / nganti dongonging brêngangang / ngah lir dongèng datan kenging //

Kontha-kanthi.

Kawruh Sawatawis

Karaharjan ing lèpèn

Ingkang pinanggih wontên ing cêcariyosan tuwin ing sêrat-sêrat babad, kitha ingkang agêng-agêng punika tamtu cêlak kalihan lèpèn. Mênggahing pikantukipun, miturut ing kawontênan, lèpèn agêng ingkang cêlak kalihan kitha, punika dados margi lêbêt wêdaling padagangan, mila pundi kitha ingkang majêng lampahing among dagang, inggih jalaran saking cêlak kalihan lèpèn.

Ucapipun ki dhalang: dhasar nagari ngungkurakên pagunungan, angeringakên pasabinan, nêngênakên bangawan, ngajêngakên bandaran agêng. Mênggah kajêngipun ing ngriku, ingkang tumrap bangawan, botên kok gadhah kajêng ing bab pikantukipun toya kangge têtanèn, nanging bab anggènipun mikantuki kangge among dagang, tuwin mikantuki tumrap kamajênganing nagari. Wontênipun makatên, tumrapipun [tumrapi...]

--- 1432 ---

[...pun] ing jaman kina, kitha ingkang botên cêlak kalihan lèpèn agêng punika sarwa kakên.

Mirid kawontênan ingkang kados makatên punika, pinanggihing patilasan-patilasan praja ing jaman kina, ugi sami cêlak lèpèn agêng, yèn ing jaman Pajajaran, lèpèn Citarum, ing Majapait, lèpèn Brantas, ing Dêmak, lèpèn Dêmak, ing Pajang, Banawi Sala, makatên sapanunggilanipun. Makatên ugi tumrap sajawining tanah Jawi tuwin tanah Eropah punapadene sanès-sanèsipun pisan, tamtu inggih kados makatên.

[Grafik]

Untapipun baita-baita among dagang ing lèpèn.

Limrahipun têtiyang ingkang manggèn sapinggiring lèpèn agêng punika dipun wastani tiyang minggiran, ingkang kathah sami kêdunungan watak rêmên among dagang, lampahing among dagang urut lampahing toya, asarana baita. Dene manawi ing tanah Jawi, kala ing kinanipun, lampahing among dagang agêng punika pinanggih wontên sauruting Banawi Sala, ingkang nginggil piyambak dumunung ing Surakarta, pungkasanipun wontên ing Grêsik, kitha-kithanipun ingkang dipun langkungi: Ngawi, Bojanagara tuwin sanès-sanèsipun, punapadene kitha-kitha sêsambêtanipun, ingkang wontên lèpènipun ingkang anjog ing banawi, punika ugi sami nglêbêtakên saha ngêdalakên padagangan.

Têtiyang ingkang sami among dagang punika ingkang kathah ugi sami gêgriya angongkang lèpèn, prêlunipun sami anggampilakên anggènipun tumindak ing damêl, griyanipun agêng-agêng tuwin sae-sae sarwa santosa. Sami gadhah baita agêng-agêng, ingkang dipun wastani baita gembong.

Padagangan ingkang lumêbêt dhatêng nagari ing têngah-têngah, punika botên ngêmungakên wêdalan ing tanah Jawi kemawon, ugi kadhatêngan barang-barang saking tanah sabrang, mila jamanipun kala samantên, kathah tiyang kêcêkapan saking anggènipun among dagang candhak kilak barang-barang saking ngrika-ngriki.

Caraning têtiyang ingkang among dagang wau manawi kêkesahan ngantos wêwulanan, lampahipun sêsarêngan. Mila mênggahing bôngsa Jawi kala samantên, kawruhipun ingkang onjo botên ngêmungakên dhatêng bab among dagang kemawon, dalah dhatêng lampahing môngsa inggih sumerêp, awit prêlu kangge nocogakên dhatêng agêng aliting toya banawi, ingkang prêlu kangge nindakakên lampahing môngsa dagang, lan ugi mikantuki nyumêrêpi dhatêng lampahing têtanèn, awit tumindakipun sade tinumbasing pawêdal siti ugi ngangge wêwaton nyumêrêpi wanci ungsuming punapa-punapa.

--- 1433 ---

Ucapipun tiyang among dagang turut banawi, ingkang nama agêng manawi sampun sagêd dagang dumugi ing Grêsik. Tumrap agênging babagan ing Grêsik kala samantên, padaganganipun taksih kêtêlah ngantos sapriki, têtiyang sagêd nyumêrêpi aslining lampit sae, cindhe tuwin sanès-sanèsipun. Sanadyan barang wau dèrèng tamtu asli pamêdal saking ngriku, nanging kêtêlah dipun wastani asli saking ngriku ugi, dados namung kêtêlah saking agênging babagan.

Mênggahing sayêktosipun, sanadyan ing sapunika sampun botên wontên lampah among dagang kados kala ing jaman kina, nanging mênggahing pigunaning lèpèn ingkang taksih migunani dhatêng tumindaking lampah ingkang kados makatên, inggih taksih wontên, kados ing papan-papan ingkang têbih kalihan sêpur, punika lampahing padagangan inggih taksih tumindak mêdal urut lèpèn, mila pêkên-pêkên ingkang ngongkang banawi, limrahipun sami agêng-agêng tuwin pamêdaling siti sagêd sumrambah. Wontên malih ing bab lumantaring kajêng dholog-dholog dhatêng sanès panggenan, ugi kathah ingkang kawêdalakên ing lèpèn.

Manawi ing tanah batawi, padagangan ingkang taksih lêstantun kawêdalakên urut lèpèn, punika dêling, wiwit saking papan panggenanipun ingkang têbih, namung sarana dipun gèthèk kakèlèkakên urut lèpèn Ciliwung. Makatên ugi tumrap ing lèpèn Citarum, manawi nuju kalamangsaning panèn, untaping pantun ingkang kabêkta urut lèpèn, kêtingal pating sliri kathah sangêt.

Dados mênggahing lèpèn, punika saluguning margi agêng kangge lampah among dagang.

Bab Têtanêman

Kacang Mlathi

Kacang punika kenging kaewokakên bangsaning palawija. Ingkang sampun kula sumêrêpi (manut panggenan kula) inggih punika: kacang pêndhêm (kacang cina), kacang ijo, kacang kapri, lan kacang mlathi. Mênggah ingkang badhe kula criyosakên ing ngriki, inggih punika: kacang mlathi.

Kacang mlathi punika sagêd gêsang umur tigang wulan laminipun, witipun ngêlung, godhongipun kawastanan lêmbayung, ingkang taksih ênèm kenging kangge kuluban, wohipun ugi kangge jêjanganan, ingkang sampun sêpuh (garing) kenging kangge uwos nama uwos kacang. Punika kenging dipun olah warni-warni, namung nyumanggakakên ingkang badhe ngrêsakakên kemawon. Dene êlungipun kenging kangge têdhanipun rajakaya, kados ta: lêmbu, maesa, menda.

Kajawi ingkang sampun kapratelakakên ing nginggil, miturut saking pamanggihipun para ahli tani, êlungipun kacang mlathi wau anggadhahi daya lêmi tumrap tanêman pantun, ingkang anjalari sagêd adamêl suburing pantun. Mênggah patrapipun makatên: manawi wiwit labuh, siti ingkang badhe katanêman pantun lajêng kasukanan êlung kacang wau ingkang ngantos [nga...]

--- 1434 ---

[...ntos] waradin (sagêdipun radin kêdah dipun cacah). Sukur manawi sabinipun mêntas katanêman kacang mlathi, yèn sampun kêndhat wohipun (bibar) lung wau sampun ngantos dipun bucali, prayogi dipun êlèr kemawon ing salumahing sabin. Lung wau manawi sampun kêlêban toya mêsthi lajêng bosok, wasana bosokaning lung wau sagêd daos rabukipun pantun.

Kathah-kathahing sadhèrèk tani kados taksih awis-awis ingkang mrêlokakên nanêm kacang mlathi, malah ingkang kathah kok namung krai, gambas, sêmôngka lan sasaminipun, môngka saupami sadhèrèk tani purun mrêlokakên nanêm kacang mlathi ing sabinipun, kados botên sakêdhik pigunanipun. Awit uwos kacang mlathi punika kenging dipun simpên ngantos wulan-wulanan, dados manawi môngsa rêndhêng (pailan) kenging kadamêl wêwahing têtêdhan.

Mênggah tiyang nanêm kacang mlathi punika kados botên angèl. Sarêng sitinipiun sampun dipun kowaki, kowakan wau lajêng dipun pêncugi (gêjigi) wijinipun kacang lajêng dipun ulurakên ing pêncugan wau, sabên-sabên saluwang kauluran wiji 2 utawi 3 iji, kathah-kathahipun 4 iji. Samantên wau manawi wontên ingkang botên thukul kêdah dipun sulami. Yèn wiji sampun dipun ulurakên lajêng dipun urug mawi pasir ingkang têlês minôngka dados têdhanipun. Manawi sampun thukul kintên-kintên kalih kaki panjangipun, kêdah dipun punggêli pupusipun, prêlu sagêda kathah pang-pangipun. Umur tigang wulan sampun mêdal wohipun kenging dipun undhuh. Kula asring sumêrêp tiyang nanêm pantun ing galênganing sabin dipun tanêmi kacang, punika wêdaling woh inggih botên beda kalihan ingkang dipun tanêm ing salumahing sabin.

Wasana manawi wontên kêkirangan sêsêrêpan, kula amung nyuwun gunging pangaksama.

Kasan G-d. Rêjasari, Kaliwungu.

[Grafik]

Jogèd punika tumrap satunggal-satunggaling nagari gadhah tatacara piyambak-piyambak. Ing sisih punika gambaripuin têtiyang èstri bôngsa Timur sawêg sami anjogèd, para èstri sanès-sanèsipun sami kêplok, sadaya sami gambira ing manah.

--- 1435 ---

Jagading Wanita

Gêmi

Botên wontên kauntungan, ingkang sagêd nênuntun dhatêng kawilujênganing gêsangipun, kados anggêmèni barang gadhahanipun piyambak.

Wontên têtêmbungan: gêmi uwiting kamulyan. Punika pancèn lêrês tuwin nyata. Yatra sigar bilih dipun gêmèni akanthi nastiti, sagêd dados pintên-pintên, sintên ingkang botên anggêmèni yatra sigar, badhe botên anggadhahi yatra sarupiyah, sanajan sêngkut anggènipun nyambut damêl, botên ngetang sayah tuwin kangelan, manawi botên kadunungan watak gêmi, inggih botên mikantuki. Botên sagêd simpên yatra sigar, dados wêdaling kringêtipun badhe tanpa tuwas.

Tiyang Jawi punika awis-awis ingkang gadhah watak gêmi, sanajan sampun sumêrêp dhatêng paedahipun, ewadene botên sagêd nglampahi. Tiyang Jawi inggih ngrêtos yèn bôngsa Tionghwa punika sagêdipun sugih, botên sanès namung saking tabêrinipun nyambut damêl, saha anggêmèni barang gadhahanipun. Ananging bôngsa kita Jawi, tansah dados kosokwangsulipun, inggih punika gadhah watêk boros. Watêk boros, kenging kawastanan botên sumêrêp dhatêng ajining yatra, awit ing sadintên-dintên botên sagêd anjagi wêdaling asilipun.

Sadhèrètsadhèrèk. tani ingkang nyukani têdha dhatêng kula sadaya, padamêlanipun ngolah siti nanêm pantun, nanging sanajan tiyang tani punika ananêm pantun, ewadene ing salêbêting griyanipun tatsihtaksih. kathah ingkang botên gadhah tumpukan pantun. Utawi lumbungipun inggih kothong, punika punapa sababipun, sababipun botên wontên malih, namung saking botên sagêd anggêmèni wêdaling asil tuwin barang gadhahanipun. Inggih punika pantunipun dipun sade, wusana yatranipun dados muspra, botên kantênan tumanjanipun, kados ta kangge gadhah damêl mantu, nêtakakên saha èwêd sanèsipun ingkang botên sakêdhik waragadipun, saha anilar murwat. Ingkang makatên punika dados êtuking karisakan, têtêmbunganipun: garing-garing yèn garang, punika satruning gêmi, langkung prayogi kabucala, margi punika kêkandhangan cilaka. Ing mangke prayogi angrakêtana dhatêng: watak gêmi, pikantukipun badhe sagêd ngidêri jagad. Saking dayaning gêmi, sagêd nuwuhakên cipta ingkang mungêl makatên, sêgane dadi wuwuh, barang ingkang dipun angge botên enggal risak utawi gêrang, ingkang sami pating blêsar sagêd ngalêmpak dados satunggal, sagêd ngawontênakên ingkang botên wontên, tuwin sapanunggilanipun ingkang angeram-eramakên, punika sadaya namung saking dayaning gêmi tuwin nastiti.

Wasana kula nyumanggakakên ing panampi.

Sriyati

Kuwukan, Kudus.

--- 1436 ---

[Grafik]

Ing Kajawèn nomêr 82 sampun nyariyosakên ing bab jumênêngipun nata ing Albani. Ing ngriki kawujudakên gambaripun sri nata nalika linggar saking padalêman lami badhe angadhaton (gambar ing nginggil), tindakipun anglangkungi sangajênging para wadyabala ingkang urmat wontên urut pinggiring margi. Ing ngriku kêtingal sêmuning praja ingkang kajumênêngan nata enggal, kawulanipun sami suka bingah. Dene gambar ing ngandhap, punika gambaring kulawarga nata, inggih punika sadhèrèk tuwin nakdhèrèk, dene putri ingkang lênggah punika ibu nata.

--- 1437 ---

Piwulang Sae

Pangkur

Pangkur

Ngungkurna rèh pêpenginan / kang sayogya kudu sira singkiri / yèku tyas suka malêbu / wor prakaraning liyan / sakèh lêkas miwah pamicaranipun / nguni wèh piandêlira / dudu prakaranirèki //

yogya lajunên kewala / aywa dahwèn mring lêkasing pakarti / tanapi wijiling wuwus / nut sukane priyôngga / ugêr nora nangsaya lèning tumuwuh / têpanên sira priyôngga / nora suka dèn wancèni //

yèn sira darbe pangira / ana janma lakune kurang sidhi / pètên kalamangsanipun / sapatêmon priyôngga / dènirarsa sung pèngêting tyas kalimput / klimputana pamicara / kang noraga mor mêmanis //

karana yèn wruh ing liyan / sayêktine kurang pirênèng ati / tarkadhang kaliru surup / labêt kamoran merang / sumawana lupute ywa sira catur / lawan liyaning sujanma / iku tan pantês kapati //

kang wus winêdhar ing ngarsa / nora nyatur lamun ana raryalit / kang kênèng pangarubiru / myang sato dèn niaya / iku wajib sarwenên aywa kabanjur / miwah yèn ana sujanma / kang nêrak anggêring nagri //

nyênyolong laku durjana / sumawana niaya mêmatèni / wajib sira asung wêruh / mring kang wênang misesa / miwah lamun ana janma kang kawêngku / maring gêgêbênganira / nêdya mrih wasita jati //

wajib sira surupêna / saniskara pratingkahe kang sisip / liyan kang mangkono iku / mung mamriha kulina / anglakoni wajibira kang tinamtu / miwah kapara mênênga / aywa kèh ingkang kawijil //

P. Jasmin

Pacikaran (Dhawe) Kudus.

--- 1438 ---

Panglipur Manah

Sualan Kina

Uran-uran sêkar sinom sapada ing ngandhap punika, kula sagêd mastani bilih dede karanganipun tiyang limrah kadosa kula, têmtu karangan êmpu paramèngkawi, kala alitan kula jaman langkung sèkêt taun kapêngkêr, uran-uran wau asring sangêt kaucapakên ing pakêmpalaning lare-lare jalêr diwasa ingkang adhêdhasar rêmên marsudi dhatêng bangsaning lêlungidan bab kasusastran sasaminipun, jalaran apalanipun uran-uran wau amawa pathokan kenging kadamêl ambatang salah-satunggiling aksara Jawi ingkang dèrèng kasumêrêpan, sanadyan panyêratipun kalihan sêsingidan rêmit, ewadene sagêd katarbuka kalihan gampil tuwin rikat dening pêpathokan wau. Ing ngandhap punika apalan saha pathokanipun.

Sigra kang bala tumingal / acampuh samya mêdali... 1

lir thathit wilêt ing gônda / dhanyang gung ngamôncaniti... 2

benjang sang aji mijil / lathinya mêdali wuwus... 3

brastha surawilaga / kaya buta singawrêgil... 4

pasthi jôngga dhêndhanya mangambakbaya... 10

Patrapipun ambatang, sasampuning tiyang ingkang manggèn pasingidan amasang aksara Jawi salah-satunggal sakajêngipun (Ha - Nga) kula ingkang ambatang, lajêng ngucapakên apalan kasêbut nginggil ingkang kalih pada lingsa wiwitan (ôngka 1), sasampuning kula ungêlakên ngantos kêmirêngan tiyang ingkang masang aksara, nuntên kula takèni, aksaranipun wontên ingkang sami punapa botên kalihan apalan kalih pada lingsa wau. Bilih ngrika mangsuli wontên, wingkinging ôngka 1 punika dipun têngêrana cawangan marapat utawi kenging kacorèk kemawon. Kula nuntên ngucapakên lajêngipun apalan kalih pada lingsa malih (ôngka 2) ugi lajêng kula takèkakên malih, patrapipun botên beda kados ingkang wiwitan, makatên salajêngipun ngantos dumugi dhawah pada (ôngka 10), dados gangsal rambahan (gangsal pitakenan).

Têlasing pitakèn, ôngka ingkang tinêngêran cawangan utawi corekan kagunggunga, pinanggihing gunggungan lajêng kaurutna saking ha na ca ra ka, upami gunggunganipun namung 1 wadhah: ha, ingkang kapasang ngrika têmtu inggih aksara: ha. 5 = Ka, 10 = la, makatên sapiturut dumugi cacah 20 = aksara: nga.

Têrangipun malih makatên

Soka ingkang kapasang wau aksara na, wêkdal dipun takèkakên, têmtu cawangan utawi corekan wau namung manggèn wontên ôngka 2 thok. Aksara: ka, cawangan utawi corekanipun manggèn ing ôngka 1 + 4 = 5 (sigra kang bala tumingal, kaya buta singawrêgil) aksara: [aksa...]

--- 1439 ---

[...ra:] ja, manggèn ing ôngka 3 + 10 = 13 (benjing sang aji mijil, pasthi jôngga dhêndhanya mangambakbaya), makatên ugi bilih ingkang kapasang sêratan aksara: nga, têmtu ôngka 5 pitakenan pisan wau isi cawangan utawi corekan sadaya gunggung = 20.§ Uran-uran ing nginggil punika pêthikan saking Sêrat Ajipamasa, anggitanipun suwargi Radèn Ngabèi Rônggawarsita, pujôngga ing Surakarta, cacah kawan pada sêkar, nanging kapithat-pithatna mung kapêndhêt kalih pada lingsa, gunggungipun lajêng dados sapada sêkar, dados ing nginggil wau. Dene cariyosipun, anyariyosakên nalika Arya Wirapraba dipun dhawuhi ing Prabu Ajipamasa mapag pêrang wadyanipun Rêsi Kalasuwidha, Rêsi Kalasuwidha lajêng masang kamayansari. Ungêlipun makatên: || sigra kang bakal tumingal | acampuh samya mêdali | liwêran mungsuh lan rowang | rame rok asilih ungkih | sumrêk sinrêk makangsi | kasok kasantikanipun | wêkasan kawisesa | raksasa bala angisis | tanpa kawal kêkiwul wuwul kewala. || sigrarsi Kalasuwidha | amasang kamayansari | lir thathit wilêting gônda | dhanyang gung amôncaniti | tumamèng mungsuh sami | sêmang-sêmang èsmu samun | samantara katoran | kang tyas sanityasa tistis | lir kakênan ing guna turidaswara || marpêk Sang Kalasuwidha | saryya ngling angêngerangi | pagene wadyèng Mamênang | têka kapilêngan sami | benjang sang aji mijil | lathinya mêdali wuwus | dêduka marang sira | ingaran wong tuna budi | dêstun têmên tan bisa mungkasi karya || katon babaring dinuta | angapêsakên ing gusti | pae duk lagi wiwitan | tandangmu anggêgilani | pantês manggalèng jurit | nirbaya nir wikara muk | brastha surawilaga | kaya buta singawrêgil | pasthi jôngga dhêndhanya mangambakbaya. Red.

Pambantu K. 585.

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab kakêndêlan saha kajirihaning lare

Candhakipun Kajawèn nomêr 82.

Garèng : Truk, Truk, sadurunge padha ambanjurake anggone rêrêmbugan, aku tak takon nyang kowe dhisik, wangsulana: kowe kuwi apa wis tau maca babad.

Petruk : Lha kuwi nèk Garèng, nèk wis ngina uwong sakrêsanèki bae, dumèh aku anggombal mêngkene. Sanadyan uripku threthekan, ing bab kuwi iya mêksa rada kulina, tandhane: aku bisa ambedakake antarane babad sapi lan babad wêdhus.

Garèng : E, pancèn iya uwong sêmbrana, la kuwi arane rak mocong babad, balik pitakonku rak maca babad, têgêse maca layang isi carita-carita kuna.

Petruk : Lho, nèk kuwi aku kulina bangêt, nganti akèh dêdongengane sing dak apali, kaya ta caritane Andhe-andhe Lumut, Kêthèk Oglèng, Jula-juli Bintang Tiga, Hongtete.

Garèng : Ha mara, ana dongèng sapirang-pirang kathik dicampur dadi siji mêngkono, iya dongèng Jawa, dongèng Sêtambul, utawa manèh dongèng wayang Potèhi. Karo manèh dongèng kuwi rak beda nèk karo babad, nèk dongèng kuwi mung anggitan bae, balik babad kuwi carita kuna kang wis tau kalakon têmênan. Dene anggonku pitakon nyang kowe, apa kowe wis tau maca babad, kuwi mangkene: wong kuwi anggêre wis maca layang-layang babad, rak mêsthi wêruh carita-carita kuna, sing ngandhakake kêkêndêlan, kasêtyan, [ka...]

--- 1440 ---

[...sêtyan,] kaluwihan lan bab seje-seje manèh tumrap wong dhèk samana lan sing kêna ditiru utawa dadi tuladhane wong jaman saiki kiyi. Kaya ta upamane lêlakone: Colombus, Marco Polo, Magelhaen, lan liya-liyane manèh, kuwi anggone lêlana anjajah jagad, ora ngetung rêkasa, kangelan, lara lan pati mau mung saka amburu murih olèha panggonan utawa tanah mônca, kang sakira kêna di ênggoni lan angajokake pangupajiwane, upamane supaya majokake dêdagangane, lan uga golèk kautaman tumrap bangsane.

[Grafik]

Petruk : Yah, Lha kuwi rak panêmumu, yèn saka pikiranku, wong sing kaya kandhamu kuwi, wong murka angôngsa-ôngsa, wong kang ngênggoni watake Raja Pirngon. Upama bocaha ngono, bocah sing ana ulane ing wêtênge, karêpe ganyangan apa bae iya arêp baluwag-baluwêg dilêbokake. Wusanane saka anggone arêp nuruti muntabing kaardane nganti ora ketang-ketung, lara pati ditêmah. Hara, pikirên bae, apa bênêr, ingatase wong kang wus sarwa kacukupan uripe, wis sarwa kasêmbadan ana ing panggonane kana, têka klambrangan mrana-mrana, prêlu melikake panggonan liya sing dudu duwèkke, banjur dianggêp melike. Hara, rak dadi têtêp wong mung arêp anggêdhèkake ususe lan kêbaking kanthonge dhewe, dadi yèn kok cocogake karo wulang wuruke êmbah-êmbah, ngalor-ngidul. Jalaran wulange êmbah-êmbah rak mangkene: Yèn sira wus sarwa kacukupan, nyêbara kautaman kang murakabi lan ora gawe kapitunaning liyane, la môngsa, kandhamu kuwi rak mung amarga saka anggone arêp marêgi wêtênge tur gawe kapitunaning liyan.

Garèng : Bênêr, Truk, panêmumu kuwi. Nanging sumurupa, ingatase wong sing wis muluk lan jêmbar pikirane, sing dirêmbug ora mung bab siji bae, ing kana iya dirêmbug, ing kene iya mèlu dirêmbug. Wong sing dak kandhakake kuwi saka jêmbaring pikirane lan kawruhe, anane duwe tekad mangkono, jalaran nuli ana sing takon, têgêse pikire tangi, ngrasakake kapriye bakal kaananing bangsane, kapriye bisane lêstari utama, linuwih lan sapiturute, awit urip ana ing donya kuwi sabênêrê iya kudu ngudi nyang akerate, ananging donyane iya kudu disantosani, elinga ta marang piwulange para sêpuh kang muni mangkene: Nglakonana kautaman, awit elinga patimu mêngko sore, golèka kadonyan, awit elinga, uripmu nang donya kuwi isih lawas banget, mulane aja sêling surup, anggone darajatmu darajatku kiyi saya apês, saya kojur, jalaran mung ngèlingi wulang sing saparo bae, saparone diêmohi, satêmah dadi mêmêlas. Kawlasan, [Ka...]

--- 1441 ---

[...wlasan,] nriman, kuwi ana panggonane dhewe, nanging urip sêsrawungan karo bôngsa warna-warna, yèn ora nganggo tekad kadonyan, pêpêsthèn asor lan kanisthan, kudu arêp aja ngrêsula. Apa kuwat, kowe.

[Badhe kasambêtan]

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès

Pambantu Kajawèn ing Surakarta ngabarakên: wiwit dintên Sêtu tanggal kaping 6 dumugi Salasa kaping 9 Oktobêr pangrèhing sêkolahan Tyonghwa Hwe Kwan Surakarta angwontênakên karamean agêng, mawi ngêdêgakên darma, toko barang-barang têtêdhan warni-warni, têtingalan tuwin pêrmainan sanès-sanèsipun, manggèn ing kampung Purwadiningratan, wigatos kangge mèngêti adêging sêkolahan wau sampun 25 taun wilujêng.

Sampun langkung kalih wulan sapriki, panggaotan bathik ingkang katindakakên sudagar-sudagar têtiyang siti salêbêting nagari Surakarta, kenging dipun wastani sawêg mundur (kêndho) sayêktos. Kathah bêbau sakabatipun nyambut damêl ingkang lajêng sami kesah nglêmbara pados padamêlan dhatêng pasisir.

Mis Ribut mêntas main wontên ing Electra Bioscope kawanwêlas dintên, tuwin wontên ing sositit Ons Genoegen, sami ing Bandhung. Angsal-angsalanipun rêsik gunggung f 11.082.60 lan f 2.075.20. Ing bab punika gêmintê ing Bandhung angsal paos f 2.950.65 lan f 518.80.

Wiwit ing tanggal 4 wulan punika wontên galadhèn pêpêrangan wadya kapalêri wontên ing ing Kosambi tuwin Purwakarta. Ing tanggal 5 sacêlakipun Cimahi wadya sêni dipun biyantu ing wadya inpantri sakumpêni, amasang krêtêg ing lèpèn Citarum, panjangipun 100 mètêr lêbêtipun 10 mètêr, namung sawatawis jam krêtêg wau rampung saha lajêng kenging dipun langkungi wadya artilêri (wadya mriyêman), kapalêri tuwin wadya inpantri sapirantosipun sadaya.

Ing wêkdal punika ing Kwalah, Langkat (Sumatrah), kathah sima ingkang sami ngambah ing kabudidayan-kabudidayan. Salêbêtipun tigang wulan, ing kabudidayan Turangi wontên sima kalih ingkang pêjah kasanjata, tiga kalêbêt ing pasangan. Ing kabudidayan Marijke tuwin pulo Rambu, inggih tansah wontên sima ingkang pêjah kasanjata. Sima-sima wau botên adamêl tiwasing tiyang tuwin rajakaya.

Rêrêgèn uwos ing Surakarta tansah panggêng botên sagêd mandhap, kapara wêkdal punika ragi nyêngkrèk sawatawis, namung rêrêgèn gêndhis pasir mandhap kathah tinimbang wulan ingkang sampun-sampun.

Dumugi sapriki wontênipun yatra têmbaga (sèn tuwin gobang), ing kitha Surakarta namung sakêdhik sangêt, botên sagêd nyêkapi kangge nindakakên lampahing kabêtahan tiyang kathah padintênan ing sadhengah panggenan umum, tumrapipun sade-tinumbas, susuk, lambangan sasaminipun, sabên dintênipun tansah kidhung cêthunthungan. Langkung-langkung ingkang yatra têmbaga nyatêngah senan, namung kantun namanipun kemawon ingkang taksih kocap, nanging mênggah wujudipun pados satunggal kemawon sampun botên sagêd angsal.

Tiyang nama Suparta saking Surakarta dados punggawa marinê, sawêg sawatawis wulan punika pêjah salêbêtipun anglampahi dhinês, dhawah dalah samotormaburipun wontên ing sagantên Surabaya. Saking nagari angsal arta f 3295.- sampun katampèkakên dhatêng randhanipun Suparta nama Muryati. (K.585)

Bôngsa Tionghwa ing Cianjur, ingkang anggadhahi panggilingan pantun, nindakakên rekadaya damêl jamur ing môngsa bêntèr, ingkang limrahipun tuwuh ing môngsa jawah, dipun wastani jamur pari. Caranipun sarana ngangge pirantos enggal tuwin toya lèdhêng, ing sapunika jamur wau sagêd tuwuh.

Sawênèhipun tiyang sumêrêp wontên bangke bayi taksih katutan ari-ari wontên ing lèpèn Kramat, Batawi, wusana lajêng dipun pêndhêt ing pulisi, saha lajêng kabêkta dhatêng C.B.Z. bayi wau kêtitik dèrèng wancinipun lair, dèrèng kasumêrêpan anakipun sintên.

Nyonyah E. Puradirêja, pisê pursitêr J.I.B. ing Bandhung, dipun wêdalakên saking pakêmpalan, amargi dados warga Teyosopi Dienaar van Indie, tuwin pakêmpalan golongan kabangsan sanès-sanèsipun, ugi botên purun sêsrawungan.

Tuwan G.E. Dauhan leidhêr P.N.I. ing Siyao, redhaktur sêrat kabar Mimbar Dunia, dipun awisi dening bêstir ing Mênadho dêdunung ing panggenan ngriku. Nalika tuwan wau saking konggrès ing Surabaya dipun anggrak ing pulisi, gambar konggrès ingkang dipun bêkta dipun têdha.

Wontên pawartos S.S. badhe tumbas Otobis 400, prêlu kangge miyarakên têbanipun otobis ing tanah Jawi.

--- 1442 ---

Ing bab badhe ngawontênakên gêdhong P.P.P.K.I. ing Batawi, saèstu ngawontênakên komite: Tuwan Tamrin, Sursitêr, Tuwan Oto Subrata komisaris tuwin Tuwan Mistêr Sartana, sèkrêtaris pènêng mistêr. Gêdhong wau badhe dipun namakakên Permufakatan Nationaal Indonesia.

Dumugi sapunika têtiyang ingkang badhe minggah kaji dipun wajibakên kêdah dipun suntik cacar kalihan kolerah dening dhoktêr. Ananging ing sapunika pakaryan kasarasan amanah tindak makatên punika adamêl kasusahanipun tiyang kathah, amargi griyanipun asring têbih kalihan dhoktêr, dados kathah waragadipun, saha malih dipun samarakên, manawi panggenanipun têbih, dayaning jampi suntikan dados suda. Mila murih prayoginipun, suntikan wau badhe katindakakên samôngsa têtiyangipun sampun minggah baita, namung lêlahanan. Lan malih tiyang ingkang sampun dipun suntik wau botên dipun karantinê wontên ing kamaran. Têtiyang ingkang saking palabuhan sanès-sanèsipun, ingkang badhe numpak wontên Tanjungpriuk, ugi kêdah dipun suntik rumiyin wontên ing plabuhan badhe angkatipun. Ing salêbêting baita kaji, inggih badhe dipun sadhiyani jampi bèri-bèri, dipun rêgèni mirah sangêt, amargi kathah sangêt tiyang minggah kaji ingkang tiwas jalaran sakit makatên.

Pawartos saking lêngganan Kajawèn nomêr 1692 ing Ngayogya, martosakên nalika tanggal 12 Oktobêr punika, wontên bayi pinanggih wontên ing sumuripun Radèn Arjawisastra, guru Jawi ing Jêthis (Ngayogya). Ananging wontên titikipun, bayi wau kalairakên wontên ing griya suwung sacêlakipun ing ngriku. Pulisi lajêng pados katrangan.

Dèrèng dangu ing Sus, Kuthaarja kawontênakên tentoonsteling alit-alitan, inggih punika barang yêyasanipun para murid, kartini, H.I.S. sarta pamulangan ôngka II ingkang majêng sangêt saking: 1e Kartini bab handwerk, saha dhaharan. 2e H.I.S. sarta T.K.S. gambaraning lare, anggumunakên sangêt. 3e 2e school ngrekadaya bathok dados pirantos pèni.

Ing môngsa punika ing Purwarêja, kala-kala tansah wontên kintunan jawah, andadosakên ngrêbdaning palawija, mirah kêlanan. Ingkang kainggahakên sêpur awujud, lombok, kabar ingkang murugakên ambiyêt, kêjawi saking panggarap, mawi srana rabuk.

Pawartos saking Ngayogyakarta. Sanadyan sabên lêmbu ing Ngayogya punika ingkang dipun kêbiri botên kirang saking 10.000, ewadedeewadene. taun punika cacahipun lêmbu ing ngriku mêksa wêwah 4000 malih, awit saking punika ing salêbêtipun taun punika lêmbu jalêr ingkang dipun kêbiri kapilihan ingkang awon.

Ing Godhean dalah sawêwêngkonipun, ing wêkdal punika kathah pakêmpalan ingkang lèrègipun sami ngudi indhaking pamêdal. Bok manawi kemawon ing Brêja inggih badhe ngawontênakên pakêmpalan ingkang wosipun kados ingkang kasêbut ing nginggil (damêl gêndhèng) ugi wohipun sae, liripun bathinipun kathah. Kala wulan ingkang kapêngkêr punika ambikak bathi sapisan, para ingkang mundhut andhil angsal bathi 50 prêsèn.

Wontên pawartos, pamarentah andhawuhakên dhatêng amtênar dhepartêmèn lanbao têtiga, kadhawuhan dhatêng kapuloan Manila, prêlu miyarakên sêsêrêpan, laminipun tigang wulan, dene ingkang kawigatosakên prakawis têtanèn.

Dumugining tanggal 31 Juli 1928 wontênipun arta ingkang sumimpên wontên ing pos sêparbang, saking bôngsa Eropah f 13.255.798.40, tiyang siti f 6.795.312.54 tuwin bôngsa ngamônca wetanan f 1.195.017.08. Ing taun 1927 wontên f 12.984.521.43, f 6.099.71.07 tuwin f 1.030.192.94. Dene ing taun 1928 punika, têtiyang ingkang nitipakên wau, artanipun wontên ingkang dipun tumbasakên obligasi indhisêlening f 8500 kalayan rêgi f 7500. Dipun rimat ing pos sêparbang.

Wontên pawartos, pangrèh agêng Muhamadiyah bagean pamulangan, tampi sêrat saking parentah, suraosipun parentah karsa paring subsidhi sadaya 100%, lan sadaya waragad waragad ingkang tumrap kabêtahananing sêkolahan, parentah ingkang badhe anggalih, ananging sadaya bayaraning lare sêkolah kêdah kapasokakên dhatêng guprêmèn. Putusaning pangrèh wau sadaya botên anyondhongi, kêdah katulak, prayogi subsidhi kados ingkang sampun tumindak kemawon. Dene ingkang lumampah ngadhêp dhatêng parentah Tuwan Haji Hisam.

Pawartos saking Administrasi

Agèn nomêr 1065 ing Ngampèl (Papar). Wisêl f 12.50 sampun katampi sarta kacêkap saprêlunipun. Matur nuwun.

Lêngganan nomêr 1644, ing Wanasaba. Sampun tamtu kemawon panjênêngan pikantuk gratis. Buku-buku badhe tumuntên kakintun.

Langganan nomêr 2115 ing Kêdhung Panjalin (Japara). f 1.50 sampun katampi, nuwun.

Langganan nomêr 3363 ing Bawang (Batang). Dhuplikat nomêr 71-76 saha 78 sampun kakintun. Nanging nomêr 61 dumugi 65 botên sagêd ngaturi, krana panjênêngan langganan wiwit 1/9-28 (wiwit nomêr 66).

--- 1443 ---

Wêwaosan.

Sêrat Jaka Pitutur

Anggitanipun Mas Prawirasumarja ing Surakarta.

3

Radèn Purnama satamating mirêngakên wicantênipun Radèn Suryawardaya, lajêng ngadêg saking kursi ngabêkti dhatêng Radèn Suryawardaya sarwi matur nuwun kathah-kathah. Botên watawis dangu katungka Sri Têmon mêdal saking griya cariyos bilih dhaharan sampun cumawis, lajêng sami malêbêt ing griya kêmbul dhahar. Radèn Purnama botên kaur dhahar nanging tansah nyawang dhatêng wujudipun Sri Têmon, prasasat kêdhèp têsmak pamandêngipun, rampung anggèning sami dhahar lajêng ngandikan malih ngantos têngah dalu sawêg sami mapan tilêm. Ing wanci jam 7 enjing, wêlinganipun kareta Radèn Purnama kala wingi sampun cumawis wontên ing ngajêngan, Radèn Purnama lajêng pamitan badhe andumugèkakên lampah dhatêng Bêtawi. Radèn Surya Wardaya sakalihan sami suka pamuji dhatêng Radèn Purnama, wilujênga lampahipun ngantos dumugi ing purug ingkang sinêdya, sadaya lajêng sami sêsalaman. Nalika Radèn Purnama sêsalaman kalihan Sri Têmon, maripatipun katingal kaca-kaca ngêmbêng luh. Lampahing kareta ngantos sawatawis têbih, Radèn Purnama taksih katingal ngibarakên kacunipun.

Sapêngkêripun Radèn Purnama, Radèn Suryawardaya lajêng cariyos dhatêng ingkang èstri punapa ingkang sampun dipun andharakên dening Radèn Purnama, dupi sampun gamblang, andadosakên wêwahing bingahipun.

Radèn Purnama sadumuginipun ing Bêtawi lajêng tapak nyambut damêl dados ajung komis. Dhatêng kuwajibanipun nyêkapi, srêgêp, mila sawêg pikantuk satêngah taun, lajêng kainggahakên dening pangagêng têtêp dados komis bum ing Tanjungpriuk, angsal balônja agêng, sarta salêbêtipun wontên ing ngriku gadhah têtêpangan satunggiling lare jaka asli saking Kêdhiri, nama Radèn Adicôndra, ngumur 20 taun, nyambut damêl dados juru sêrat ing kantor algêminê sèkrêtari ing Bêtawi, wusana lajêng kaingsêr dening parentah dados mantri pulisi wontên ing wêwêngkon pabrik Sukaraja. Nalika badhe pangkat dhatêng Sukaraja, Radèn Purnama mêling supados têpang sae dhatêng Radèn Suryawardaya, bok manawi sagêd suka pitulungan punapa ingkang prêlu. Enggaling cariyos, Radèn Adicôndra wontên ing Sukaraja lami-lami lajêng sagêd têpang sae dhatêng Radèn Suryawardaya pindha tiyang sêpuhipun piyambak.

Kacariyos, nuju satunggiling dintên, wanci jam 8 sontên, ing antariksa mêndhungipun angêndhanu, anjalari pêtêngipun andhêdhêt. Radèn Adicôndra dhatêng ing griyanipun Radèn Suryawardaya, andadosakên kagètipun ingkang gadhah griya, amargi rumaos kadhatêngan pangagêng ingkang botên mawi cêcala rumiyin. Radèn Adicôndra dipun panggihi dening ingkang gadhah griya jalêr èstri.

Radèn Adicôndra: Bapak tuwin ibu sampun susah-susah sarta sampun baribin, sabab dhatêng kula mriki wau nyilipakên para tuwan-tuwan pitêpangan kula ingkang pinuju sami among sênêng wontên ing kamar bolah.

Radèn Suryawardaya: Manawi makatên sumôngga sami lêlênggahan ing griya kemawon, kajawi botên kasumêrêpan ing tiyang, wontên ngriki hawanipun asrêp, amargi jawahipun dêrês mawi angin. Tiyang tiga lajêng sami lumêbêt ing griya saha lajêng lêlênggahan.

Radèn Adicôndra: Sampun pintên-pintên dintên anggèn kula ngayati badhe pinanggih bapak tuwin ibu, nanging dèrèng wontên wanci ingkang sêla, sawêg sapunika kula kaur sagêd sowan mariki. Anggèn kula badhe pinanggih bapak sakalihan punika sajatosipun kula badhe gadhah rêmbag wados, namung kula dèrèng sagêd namtokakên punapa bapak sakalihan kaparêng tampi badhe rêmbag kula wau.

Radèn Suryawardaya: Radèn punika prasasat dados bêndara pangagêng kula, sabab punapa kula têka botên sagêd tampi badhe rêmbagipun radèn.

Radèn Adicôndra: Walèh-walèh punapa kula matur kalihan cêkak kemawon, manawi bapak sakalihan kaparêng tuwin condhong ing panggalih, sarèhning wêkdal punika Rara Sri Têmon sampun diwasa, kaparênga kula suwun, badhe kula êmong piyambak.

Radèn Suryawardaya jalêr èstri sapandurat botên sagêd mangsuli, botên gadhah pangintên sagaluguting kolang-kaling, bilih Radèn Adicôndra gadhah niyat kados makatên. Wusana lajêng mangsuli: karsanipun radèn punika kula sakalangkung mangayubagya, dhasar dumugi ing dintên punika Sri Têmon sampun ngumur 17 taun, namung wontên kuwatosing manah kula, bok ing têmbe andadosakên piduwunging panggalihipun radèn. Ingkang sapisan Radèn taksih mudha, ingkang kaping kalih radèn darahing luhur, saupami Sri Têmon kalampahan kapundhut, môngka lajêng kabucal jalaran botên babag, saking dene botên [bo...]

--- 1444 ---

[...tên] bôndha, botên rupa, tur darahing pidak-padarakan, punika dhapur mêmêlas, prasasat dipun ukum salaminipun gêsang, ingkang jalaran saking kirang pangatos-atosipun ingkang sêpuh, mila sumôngga radèn kula aturi manggalih ingkang panjang.

Radèn Adicôndra: Pamanggihipun bapak punika lêrês, nanging mênggahing kula tangèh anggadhahana manah kados makatên, pamanggih kula: bojo punika pêparingipun Gusti Allah, saupami kula kalampahan kamipurun ambucal utawi amêgat, punika kula prasasat ngrisak utawi nampik dhatêng pêparing tuwin pranataning Pangeran, punika botên sae sangêt, sarta malih saupami ing têmbe bojo kula wau ginanjar sakit lumpuh utawi punapa kemawon, ingkang botên limrah ing tiyang, panganggêp kula ugi taksih sami kemawon kados nalika kula kêpanggih sakawit.

Radèn Suryawardaya: Rêmbag sampeyan punika têka sae têmên radèn, manawi sampeyan têmên-têmên kados makatên, kula nyuwun inah sawatawis dintên, prêlu badhe kula raosakên rumiyin, sarta badhe kula taringakên dhatêng Nyonyah Sêtatir, amargi panjênênganipun ingkang paring piwulang, saha prasasat mundhut putra.

Radèn Adicôndra: Bapak tuwin ibu badhe panggalihan sarta badhe têtaringan dhatêng Nyonyah Sêtatir rumiyin, botên wontên pakèwêdipun, jêr kula dhasar têmên-têmên ngajêngakên, namung sasagêd-sagêd, kula nyuwun wartos tumuntên, kajawi punika sarèhning sampun dalu sarta sampun têrang jawahipun, kula nyuwun pamit badhe mantuk.

Radèn Suryawardaya: Inggih radèn, andhèrèkakên wilujêng, salêbêtipun sapêkên kula tamtu ngaturi wartos.

Sanès dintên Radèn Ngantèn Suryawardaya rêrêmbagan kalihan Nyonyah Sêtatir, pinanggihing rêmbag Nyonyah Sêtatir tumuntên condhong, sasagêd-sagêd malah kapurih ngangkah supados tumuntên kalampahan. Mila saunduripun saking Sêtatiran lajêng kintun wartos dhatêng Radèn Adicôndra, bilih panêdhanipun katampi sarta benjing wulan ngajêng punika dipun angkah kalampahanipun panggih.

Ing dintên ingkang sampun katamtokakên, ing griyanipun Radèn Suryawardaya sampun dipun rêngga kaombyong-ombyong ing janur kuning mawi kapalisir ing bandera walandi, ing pandhapi kêbak kursi katata marik-marik sadhiyan lênggahipun para tamu. Kilèn pandhapi dipun êdêgi griya panggenan gôngsa, makatên ugi sisihipun regol, ugi dipun êdêgi griya alit panggenan gôngsa Carabalèn. Wiwit enjing gôngsa mungêl angrangin. Srêngenge numpak rêdi Carabalèn tansah angangkang asung kurmat dhatêng para tamu ingkang sami rawuh. Wanci jam 7 sontên, pangantèn jalêr dhatêng kagrubyuk dening para priyantun tuwin para tuwan sawatawis, wingking kairing ing musik, suwaraning gôngsa binarung dening ungêling musik, umyung lir pendah rêdi rêbah, pangantèn jalêr èstri sasampuning panggih lajêng sami kalinggihakên wontên ngajênging kobongan. Suwuking gôngsa suwaraning tiyang gumarênggêng kados tawon kambu, para tamu sasampuning lênggah satata, lajêng linarihan sampanyê, ngunjuk kaping tiga, Tuwan Sêtatir pabrik Sukaraja dados sêsulihipun ingkang gadhah griya, jumênêng wontên madyaning pandhapi sarwi ngasta gêlas isi sampanyê, anglairakên sangêt gênging panuwun dhumatêng para tamu ingkang sampun kaparêng rawuh anjênêngi dhaupipun Radèn Rara Sri Têmon kalihan Radèn Adicôndra, tuwin para tamu dipun suwuni barkah pangèstu wilujêng, supados pangantèn jalêr èstri wau anggèning jêjodhoan sagêda dumugi kakèn-kakèn ninèn-ninèn, lêstantun botên kirang satunggal punapa. Hip, hip, hip, hore, lajêng sami ngunjuk sampanyê malih. Botên antawis dangu lajêng sami dhaharan dhine pista, dalu jam 12 thèng, para tamu lajêng sami bibaran kanthi wilujêng.

Radèn Adicôndra wontên ing griyaning marasêpuh ngantos satêngah taun laminipun, lajêng pindhah dhatêng ing griya pondhokanipun piyambak. Wondene Radèn Rara Sri Têmon anggèning jêjodhoan kalihan Radèn Adicôndra, atut runtut sami turut-tinurut, amenginakên sarta dados têtuladanipun para têtiyang ing pabrik Sukaraja, awit salaminipun botên nate tukar padu. Sampun ingkang makatên, sanadyan namung padudon ing rêmbag kemawon, dèrèng nate, amargi sakalih-kalihipun sami ngrêtos ing sêmu, saupami ingkang jalêr pinuju kirang sênêng katingal badhe muring, ingkang èstri botên pisan-pisan urun anglanggati, nanging malah ngupados dhadhakan ingkang murih adamêl sênêngipun ingkang jalêr. Bilih dipun ewani, namung katampi sênêng kanthi sabar ing manah, ulat manis sarta mèsêm, saya malih samubarang ingkang dados sirikanipun ingkang jalêr, punika kacathêt ing salêbêting sanubari, dipun jagi kanthi ngatos-atos sampun ngantos anêrak. Dene ingkang jalêr makatên ugi, Rara Sri Têmon dipun aosi, dipun ajrihi, dipun trêsnani pindha badanipun piyambak, amila lôngka sangêt saupami sagêd kalampahan pabên sasaminipun.

Salêbêtipun Sri Têmon kawêngku dening Radèn Adicôndra, gadhah anak satunggal dipun têngêri nama Radèn Sudarsana, dumugi ing dintên punika sampur ngumur 4 taun, bapa biyung dalah êmbahipun, inggih punika Radèn Suryawardaya jalêr-èstri, sangêt anggèning andama-dama, trêsnanipun sami kasok, pangemanipun sami kalihan dhatêng maripatipun piyambak.

Ing satunggiling dintên wanci sontên, Radèn Adicôndra tampi sêrat dhawuh saking parentah ingandikakakên dados wakil asistèn wadana kitha Banyumas, laminipun sawulan, manahipun bingah, rumaos tumuntên badhe minggah drajatipun. Kosokwangsulipun tumrap ingkang èstri, satampinipun sêrat dhawuh wau raosing manahipun susah sangêt, kados ginarit ing pêdhang landhêp, bokmanawi kraos badhe wontên sabab ingkang tumanduk dhatêng badanipun.

(Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 84, 5 Jumadilawal, Taun Alip 1859, 20 Oktobêr 1928, Taun III.

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1445] ---

Ôngka 84, 5 Jumadilawal, Taun Alip 1859, 20 Oktobêr 1928, Taun III

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Dhusun Sarangan, Madiun.

[Grafik]

Dhusun Sarangan punika hawanipun asrêp, inggilipun saking lumahing toya sagantên wontên 4.500 kaki. Manawi nuju môngsa asrêp ing ngriku mawi migunakakên bêdhiyan (kachel) kados tanah Eropah. Ing Sarangan kathah griya sae-sae, sabên minggu kathah para prayantun ingkang lêlangên mriku, sami lêlumban ing tlaga. Asrining papan wau sampun kêtingal wontên ing wujud.

--- 1446 ---

Raos Jawi

Bekaning Ngagêsang.

Ngagêsang punika bilih dipun petani kalihan taliti makatên, sayêktos kathah sangêt ingkang dados sandhunganipun jiwa raga. Kadospundi, nêmbe ginêman sakêcap, lumampah sapêcak, têrkadhang gampil kengingipun sandhungan. Bilih makatên, manungsa wau nyata yèn dagingipun sèkèng. Amila cocog kalihan pangandikanipun para sarjana, makatên: samubarang kang obah iku, masthi owah, samubarang kang owah, andarbèni rusak. Dados têtela, manungsa botên langgêng kawontênanipun. Sarèhning makatên, murih sampun kêsangêtên ing gêsangipun, prayogi anyumêrêpana ingkang dados bekaning ngagêsang, awit bilih lajêng kaumbar, têmahanipun botên prayogi.

Mirit saking Sêrat Hidayatjati, gubahanipun sang kaswarèng jagad, Radèn Ngabèi Rônggawarsita, ingkang nama dados bekaning ngagêsang wau wontên kalih pangkat, inggih punika bekaning jiwa tuwin bekaning raga. Mênggah bekaning jiwa punika, kaperang dados gangsal warni, kados ta:

1. Angumbar nêpsu hawa. Inggih punika, anuruti dhatêng kanêpsoning manah ingkang andaga-daga, upaminipun nêmbe kagêpok ing têmbung nyêrikakên sakêdhik kemawon, lajêng mak bêl mêdal Dasamukanipun, badhe tumandang ing jurit. Môngka bilih kamanah ingkang panjang, sae ngèngêti, manawi ingkang makatên wau kawastanan bekaning jiwa, mangke inggih lajêng sagêd sarèh piyambak.

2. Ambabar sukarênaning karsa. Inggih punika, adamêl saha nuruti dhatêng pakarêmaning manah ingkang kalajêng-lajêng, botên mawi ukuran dhatêng kawontênaning badanipun, upaminipun tiyang gadhah pamêdal sakêdhik, nanging ingkang dipun kajêngakên sagêda kasêmbadan ingkang dados sêdyaning kamelikanipun. Ingkang makatên punika punapa inggih sagêd kalêksanan, sanadyan sagêda inggih kanthi rêkaos. Mila botên prayogi kalajêng-lajêngakên, mindhak kêkathahên ing panalôngsa.

3. Anggêlar ambêg angkara murka. Inggih punika, angumbar dhatêng kanêpsoning manah, ingkang saru tuwin nistha, botên gadhah panggalih wêlas asih, wontênipun namung mêntalan, anindakakên pratingkah panganiaya.

4. Amêdhar watak dora paracidra. Inggih punika purun angandharakên rêmbag ingkang botên sanyata, tuwin kêrêp anyulayani janji. (mila utaminipun bilih gadhah janji, sampun lajêng kêtêtêpakên ingkang kalayan mêsthi, sanadyan ing batos inggih makatên, nanging saking èsthining manah, kêdah wontên pamancêr ing katêmênan, prêlunipun makatên punika, awit ngèngêti bilih manungsa gampil kengingipun ing supe tuwin lêpat).

5. Anuruti budi pitnah panganiaya. Inggih punika, satunggiling watak ingkang kawastanan ambêg siya, môngka bilih manungsa, ingkang katuwuhan watak ambêg siya makatên wau,

--- 1447 ---

sampun botên pisan-pisan angèngêti, ingkang dipun wastani dosa. Sanadyan tiyang ingkang makatên wau, sampun nate angsal pamêlèhing Pangeran, inggih mêksa botên karaosakên. Môngka bêbasanipun kemawon sampun wontên: si ambêg siya iku, sanadyan sugih lan kawasa, bakal olèh bêbênduning Pangeran. Dene kosokwangsulipun: si ambêg trêsna, kang bakal olèh bêrkhahe. Mênggah bêbasan kalih bab wau, sampun kenging kangge nimbang ing panyêgah tuwin panindak, pundi ingkang sae tuwin ingkang awon, kula namung nyumanggakakên.

Sapunika prayoginipun nyumêrêpana mênggah ingkang dados bekaning raga, kathahipun inggih wontên gangsal warni, kados ta:

1. Ulah carobo. Inggih punika, purun nênêdha ingkang botên dados bubuhanipun, tuwin ingkang dèrèng katampèkakên kalihan sah.

2. Lampah nistha. Inggih punika, lampah ingkang botên salaras kalihan kawontênanipun. Upaminipun guru, têka purun anglampahi mandung, ngabotohan, sasaminipun. Môngka dhêdhasar tuwin wêwatêkan guru wau ingkang lêrês kangge têtuladan dhatêng muridipun, sarêng manawi tindakipun makatên punika, kenging kawastanan lampahipun wau nistha sangêt, awit botên anglênggahi ing gurunipun.

3. Tingkah dêgsura. Inggih punika, solah-solahing badan katingal botên prayogi. Saha botên angrêsêpakên ing paningal, ing sasagêd-sagêd anggêgulanga dhatêng patrap ingkang dipun wastani susila anoraga. Têgêsipun ngasorakên badanipun kanthi patrap ingkang alus, punika bilih sampun gambuh makatên, lajêng sagêd katingal mêrak atèni, ing saupami wontên salêbêting sasrawungan, botên kuciwa ing sêmu.

4. Sarwa kêsèd tuwin sungkanan. Inggih punika, upami gadhah padamêlan, ingkang kinintên enggal rampung saupami katindakana, nanging sarêng katuwuhan ing kêsèd, lajêng dipun sêmadosi piyambak, sesuk bae pagaweanku dak garap. Sarêng dumugi enjingipun, kasêmadosan malih, êmbèn. Dangu-dangu botên tumuntên enggal rampung, lajêng katungka ing padamêlan malih, ingkang makatên wau rak badhe adamêl karepotanipun piyambak.

5. Lumuh nastapa pujabrata. (punika kagrêba ulah katêntrêman).

Ingkang makatên punika, bilih manungsa sampun sagêd suminggah dhatêng beka kêkalih wau, nama sampun sagêd mrayitnani ing gêsangipun, anggêripun botên kawistara, kados ta: ebahing badan, kêdah angangkah-angkah, kêdaling lesan, kêdah angirih-irih, êmpanipun mawi papan, patrapipun mawi dêdugi prayogi, tumanduk animbang sawatawis. Tumindak kalihan rêringa, têgêsipun angèn masakala, ingkang pantês dhawah ing sambawa kalihan sambada. Dados manawi makatên, kasêbut janma patrap.

Wusana kula nyumanggakakên ing panampi.

Nyuwun gunging samodra pangaksama.

S. Sukawiyata.

Kuwukan, Kudus.

--- 1448 ---

Kabar Sanès Praja

Wetanan punapa Kilenan.

Sambêt kalihan bab kamajênganipun Praja Afghanistan, dèrèng dangu punika sêrat kabar Lokomotip ngêwrat pakabaran, ingkang kapêthik prêlunipun kemawon kados ing ngandhap punika:

Sampun dados paribasan, kamajênganing tanah Asiah: saya wêwah raosing kabangsan, saya wêwah kamardikaning têtiyang tanah wetanan, saya angèmpêri kalihan kawontênanipun tanah kilenan.

[Grafik]

Prabu Amanullah.

Bilih nyariyosakên mênggahing kamajênganipun kabangsan, ingkang nêdya ngudi wangsulipun kabudayanipun piyambak, punika ing ngriku lajêng cêtha, bilih ingkang ngêkahi kabudayanipun piyambak kina wau, dede para ingkang ngajêngakên dhatêng raos kabangsan, dene ingkang nama kaum kabangsan punika malah para ingkang nindakakên kawontênan cara kilenan, awit anggèning gadhah ada-ada makatên wau asli saking wulangan kilenan.

Dene ingkang kangge têtuladan, punika tanah karajan Jêpan. Kala rumiyin karajan Jêpan punika kêdah gadhah pamilih, punapa lêstantun anglajêngakên botên purun sêsrawungan kalihan nagari sanès, punapa milih ngemba cara kilenan. Manawi milih kados ingkang kasêbut ing ngajêng, punika kabudayanipun piyambak tuwin tatacaranipun kina badhe lêstantun, ananging kosokwangsulipun, badhe risak, tanpa daya tuwin sagêd ugi badhe ical kamardikanipun. Amila lajêng gadhah pamilih ngangge kawontênan-kawontênan cara kilenan. Ingkang makatên punika, anjalari karajan Jêpan dados karajan wetanan ingkang mardika saha kiyat, ingkang migunakakên tatacara kilenan, makatên ugi karajan Turki, sagêdipun majêng saha jajar kalihan karajan tanah Eropah, inggih jalaran saking ambucal kabudayan tuwin tatacara lami, lan lajêng migunakakên tatacara kilenan. Salajêngipun sêrat kabar Lokomotip anyariyosakên kamajênganipun karajan Afghanistan. Sampun dangu karajan Afghanistan wau botên nate sêsrawungan kalihan karajan sanès-sanèsipun. Nagari wau mila kenging dipun wastani karajan tanah wetanan sajati, gêsangipun têtiyang ing ngriku lêstantun kados atusan taun ingkang kapêngkêr. Anggènipun sagêd lêstantun makatên wau amargi saking èwêd-pakèwêding papanipun. Ing samangke tatacara kilenan wiwit badhe lumêbêt, lan ing ngriku sami ngrumaosi, manawi tanahipun [tanahi...]

--- 1449 ---

[...pun] badhe lêstantun mardika lan kawontênaning bôngsa wau botên kaaru-biru, punika inggih kêdah migunakakên tatacara kilenan, amila sakonduripun Prabu Amanullah saking Eropah, inggih lajêng nguningani ing bab punika, saha lajêng katindakakên kanthi wantêr. Salêbêtipun sataun, sang prabu wau ngawontênakên pranatan-pranatan ingkang sakalangkung lêbêt, saha lajêng nuwuhakên panduwa.

Sang Amanullah ngawontênakên parêpataning rakyat, ing ngriku amarak-marakakên, bilih sadaya sêsêbutan, lan bintang-bintang têtêngêr sami dipun icali, namung satunggal ingkang dipun lêstantunakên. Lajêng kawontênakên buku pranatan nagari enggal ing bab angadilan kukum, saha dipun wontênakên pranatan enggal ing bab administrasining nagari, salajêngipun dipun wontênakên dêdamêl paprangan cara enggal tuwin paos ugi cara enggal.

Kajawi punika inggih dipun wontênakên pranatan kêncêng ing bab panganggenipun tiyang jalêr, kopyah tuwin krêpus dipun bucal kados caranipun têtiyang Turki. Umur-umuraning tiyang salakirabi inggih dipun tamtokakên, jalêr kêdah umur 20 taun, èstri 18 taun, anjodhokakên tiyang dèrèng ngumur dipun gantungi ing paukuman awrat. Ing ngriku lajêng dipun wontênakên bandera enggal, awarni cêmêng abrit lan ijêm, abritipun dipun kanthèni gambaran (wapên), polêkrad dipun wontênakên, lidipun 150 sarana dipun pilih, dipun wontênakên pranatan tiyang kêdah lumêbêt prajurit, punapa malih ngawontênakên rancangan pranatan pangajaran, lare jalêr èstri kêdah sêkolah, saha ing pundi-pundi dipun dêgi pamulangan, malah miturut telgram sawatawis dintên sapriki martosakên, para èstri sami ambikak kudhungipun. Dados sang prabu ing Afghanistan punika sakêdhap kemawon badhe adamêl tanah Afghanistan kados tanah kilenan, botên beda kalihan tindakipun Sang Kemal Pasah wontên ing nagari Turki. Sampun tamtu kemawon nindakakên pranatan enggal kados makatên punika badhe dangu sangêt, lan tamtu badhe nuwuhakên panduwa, malah ing Afghanistan piyambak, sampun wontên tiyang nama Hazrad Sahib inggih punika panuntuning rakyat, sampun dipun cêpêng, saya malih kaum kolot, punika tamtu badhe ngalang-alangi. Dados tindaking kamajêngan enggal, punika tamtu nuwuhakên panduwa tuwin pêpalang warni-warni. Ananging pungkasaning suraosipun sêrat kabar Lokomotip wau makatên: ananging sanadyan tindakipun wau sande jalaran saking kathahing pambênganipun, ananging mêksa kathah ewah-ewahan enggal wau ingkang badhe kalajêngakên, lan wusananipun inggih tamtu ngambah margi enggal wau, sabab margi sanèsipun botên wontên, jalaran manawi tanah wetanan punika badhe lêstantun mardika, inggih punika botên kêbawah kalihan nagari kilenan, malah sagêd jajar, inggih kêdah niru dhatêng kawontênaning nagari kilenan.

Makatên mênggah andharanipun sêrat kabar Lokomotip.

--- 1450 ---

Ing nginggil punika kêtingal, manawi andharanipun Lokomotip, anelakakên, bilih adêgipun tanah wetanan punika botên sagêd jajar kalihan tanah kilenan, manawi botên ngemba tatacaranipun kilenan babarpisan, sarta tumindaking ewah-ewahan enggal punika kalampahanipun kêdah kanthi kêkêrasan, punapa malih sajak namung gumantung dhatêng tiyang satunggal. Ananging kamajênganing praja punika sajatosipun kêdah tuwuh saking rakyat, manawi namung gumantung ing tiyang satunggal kemawon, sagêdipun kalampahan inggih namung nalika taksih gêsangipun, dene ing têmbe wingkingipun sok lajêng ewah malih, têtuladanipun kados kathah sangêt, kados ta: nalika nagari Ruslan dipun ratoni ing Prabu Peter de Groote, punika sang nata tansah ngudi dhatêng kamajênganing praja kanthi kêkêrasan, inggih sagêd kalampahan ing salêbêtipun jumênêng, nanging sarêng seda, inggih lajêng bibar malih.

Wontên malih kala Prabu Josez II jumênêng nata wontên ing nagari Ostênrèik, punika pangudinipun supados luhur nagarinipun inggih sangêt, kala samantên inggih kalampahan, wusananipun sarêng seda, inggih lajêng ewah malih.

Dados ing ngriku cêtha, bilih kamajênganipun nagari punika manawi botên saking kajêngipun rakyat, inggih nyêngka sangêt anggènipun sagêd kalampahan tuwin lêstantunipun. Mênggahing tôndha yêktinipun, tuwuhing ura-uru ing Prasman kala ing taun 1789, ingkang anjalari tuwuhing ewah-ewahan kados kaparêngipun Prabu Amanullah ing nginggil, inggih punika wontênipun pranatan enggal, icaling sêsêbutan sapanunggilanipun, lêstantun ngantos dumugi sapunika.

Ingkang minôngka têtuladan ing Lokomotip mêndhêt nagari Jêpan, ing ngriku Lokomotip kêsupèn, bilih sêdyaning rakyat lêlumban dhatêng kamajêngan punika sampun dangu sangêt. Nalika nagari dèrèng purun sêsrawungan kalihan nagari sanès, kajawi kalihan têtiyang Walandi ingkang kadunungakên wontên ing pulo Decima, ing sabên dintên kathah têtiyang Jêpan ingkang mrêlokakên pêpanggihan kalihan tiyang Walandi wontên ing pulo ngriku, prêlu nyinau kawruh kilenan warni-warni, dados ing ngriku kamajênganipun botên tuwuh saking tiyang satunggal, nanging saking kajênging rakyat, lan ing lairipun têtiyang Jêpan punika sajakipun sadaya angemba tatacaranipun têtiyang kilenan, nanging sajatosipun botên, umumipun taksih migunakakên tatacaranipun piyambak, dene ingkang dipumdipun. emba namung prakawis ingkang prêlu-prêlu.

Mênggah wosing cariyos, bôngsa wetanan ingkang sêdyanipun majêng saha badhe jajar kalihan bôngsa kilenan, punika kados inggih sagêd anglêstantunakên tatacara tuwin kabudayanipun piyambak, sarana kaewahan pundi ingkang sampun botên salaras kalihan jamanipun, lan kawêwahan kawruh-kawruh kilenan ingkang prêlu.

--- 1451 ---

Bab Ulah Raga

Padpindêr.

Ing jaman sapunika manawi wontên tiyang utawi lare mirêng têmbung: Padpindêr utawi Padpindêrèi (Padvinderij) punika sampun botên kagèt, jalaran sadaya (sadhengah) sampun sami sumêrêp sarta mangrêtos ingkang dipun kajêngakên utawi kadospundi mênggah kawontênanipun. Ewadene kados inggih botên wontên awonipun, saupami bab padpindêrèi punika kula culik sakêdhik ing taman: Kajawèn ngriki, murih botên adamêl sêmang-sêmangipun panggalih, punapa ta mênggah ancasing sêdyanipun pakêmpalan Padpindêr punika.

Mênggah têmbung Padpindêr punika saking gandhenganipun têmbung: pad kalihan vinder, ingkang têgêsipun: kang nêmokake dêdalan. Dalan ing ngriki kajêngipun sampun masthi: margi ingkang anjog dumugi ing kautamèn.

Sintên ta ingkang ada-ada pakêmpalan Padpindêr punika, lan punapa mênggah ingkang dados ancasipun.

Mênggah ingkang ada-ada punika satunggiling bôngsa luhur ing tanah Inggris, asmanipun Sir Robert Baden Powell apangkat litnan jendral. Dene ancasipun pakêmpalan Padpindêrèi punika nênuntun dhatêng para lare (warganipun) ngulinakakên tumindak dhatêng pandamêl sae, supados ing têmbe sagêda kirang utawi ngicalakên pamanahan utawi kalakuan ingkang awon-awon utawi kirang prayogi.

Ing sakawit pamanggihipun Tuwan Baden Powell punika sami dipun gêgujêng, botên wontên ingkang sami pitados. Tuwan Baden Powell dipun saruwe (kritik) têlas-têlasan. Pamanggihipun tiyang-tiyang Eropah kala samantên sami anggorohakên pamanggihipun Tuwan Baden Powell wau. Lare sanadyan dipun prêdia kados punapa, ing têmbe masthi badhe wangsul kadosdene dhasaripun piyambak-piyambak.

Lêlampahan utawi kawontênanipun Tuwan Baden Powell punika botên nama anèh, jalaran pamanggih utawi ada-ada enggal punika masthi botên lajêng dipun sarujuki ing tiyang kathah. Dados nama: limrah.

Pamanggih-pamanggihipun para ingkang sami botên angrujuki punika, êmbokmanawi ngèngêti têmbung: dhasar kalihan ajar. Bab punika pancèn wiwit jaman rumiyin dados rêmbag, ajar kalihan dhasar punika kiyat pundi. Wontên ingkang mastani kiyat ajar, nanging inggih wontên ingkang nêrangakên kiyat dhasar.

Tumraping ngèlmu wuruk, ajar kalihan dhasar punika kaanggêp samad-sinamadan. Liripun: pamuruk kalihan pamardi kêdah kacundhukakên kalihan dhasaripun (aanleg) lare. Tiyang ingkang ngêkahi kiyat dhasar, masthi badhe kadugi mastani bilih piwuruk utawi pamardi punika badhe wuk tanpa dados. Kosokwangsulipun: tiyang ingkang ngantêpi

--- 1452 ---

kiyat ajar, trapipun pamardi utawi piwuruk badhe sagêd kalèntu, dhasar punika yêktosipun pancèn sampun wontên, namung botên badhe sagêd subur manawi botên karabuk sarana pamardi utawi pitutur, nanging dhasar punika inggih sagêd lêmpêrlêmpar. utawi ical dayanipun dening pangaribawanipun piwulang utawi pamardi.

[Grafik]

Paduka jendral Baden Powell rawuh ing panggenanipun Padpindêr ing Enniskery Inggris. Panjênênganipun dipun serup saha kalênggahakên ing papan, ingkang minôngka pakurmatan.

Sapunika wangsul dhatêng rêmbag Padpindêrèi malih, tiyang-tiyang ingkang sami anggorohahênanggorohakên. dhatêng pamanggihipun Tuwan Baden Powell wau, sapunika masthi sami rikuh, jalaran kacêlik. Padpindêrèi ing wêkdal punika sampun katingal cêtha (kabuktèn) bilih agêng saèstu paedahipun, anètèsi kados pangajêng-ajêngipun ingkang murwani.

Dhasar (ancasipun) Padpindêrèi punika kenging kabage dados 3 golongan, inggih punika:

1. mitulungi dhatêng sadhengah (botên mawi mawang bôngsa utawi agaminipun) ingkang manggih kasusahan utawi kacilakan, makatên punika inggih atêgês: ngawisi nindakakên pandamêl awon utawi nistha. Dados inggih anggêgulang (nênuntun) dhatêng pandamêl sae, rêmên lan purun têtulung, enthengan, cikat, trêngginas, sawanci-wanci awakipun kasadhiyakakên dhatêng sintên kemawon ingkang badhe nêdha pitulungan, utawi ingkang prêlu dipun pitulungi. Sampun masthi kemawon tindak makatên wau botên melik angsal pangalêm, agêngipun ngajêng-ajêng epahan. Mitulungi dhatêng tiyang kasangsaran punika sampun dados wajibipun, wajibipun sadaya tiyang gêsang.

Manawi sumêrêp lare kèli banjir upaminipun, punika [pu...]

--- 1453 ---

[...nika] botên namung dipun êlokakên utawi namung dipun tingali kemawon, nanging kêdah lajêng tumandang amitulungi, pramila:

2. nyinau padamêlan utawi kasagêdan warni-warni, supados manawi wontên prêlunipun sawanci-wanci botên kidhung, nanging lajêng sagêd tumandang cak-cêk kanthi cikat prayogi. Punapa larèn dipun gêgulang trampil, cikat, cancingan, punika botên prêlu sangêt.

3. nyinau ulah raga (sport) supados lare tansah bagas kasarasan, sagêd nindakakên punapa-punapa (têtulung) ing sawanci-wanci.

Ulah raga punika yêktosipun dede ancasipun Padpindêrèi, punika namung kangge srana (lampah) murih badanipun tansah kasarasan, upaminipun: baris, plajêngan, langèn, bal-balan, bandhulan lan sanès-sanèsipun.

Dados wosipun, Padpindêrèi punika anggêgulang dhatêng para warganipun (lare-lare), supados enthengan têtulung (botên melik epah utawi pangalêm) dados lare têmên, kenging kapitados berani karena benar, sugih kawruh utawi sêsêrêpan, lan tansah kasarasan badanipun.

Badan tansah kasarasan punika: prêlu, amargi saea bêbudènipun, sugiha kawruh, manawi badanipun sakitên, namung klemahan gêrêng-gêrêng wontên ing patilêman kemawon, inggih botên sagêd nindakakên punapa-punapa, gêsangipun inggih botên kangge ing damêl, mandar ngribêdi ingkang saras.

Mênggah ingkang kêdah dipun prêdi sae bêbudènipun, sugih kawruh, badan kasarasan, têmên, gêmi, rêsikan, punika punapa namung lare jalêr kemawon. Lare èstri inggih sami kemawon, kêdah kaprêdi makatên ugi.

Padpindêr golongan èstri (padvindster) sampun kathah. Panuntunipun Padpinstêr ing nagari Walandi nama Nyonyah B. Seijin-Evenwel nyonyah wau angsal nama pakurmatan Wahvu (Wij allen houden van U) têgêsipun: kula sadaya sami trêsna ing sampeyan.

Kacariyos, kala rumiyin ing Amerikah Sarekat (U.S.A) botên ngajêngi wontênipun Padpindêrèi punika, jêbul kala taun 1910 ing ngrika sampun sagêd ngadêg pakêmpalan padpindêrèi punika, lan warganipun ing taun 1920 wontên 400 èwu, panuntunipun 15 èwu, pambantuning panuntun 48 èwu, samantên kamajênganipun. Ingkang makatên punika punapa anggumunakên. Botên, awit Padpindêrèi pancèn migunani sangêt tumrap gêsang sêsrawungan punika, lan inggih tumrap dhatêng larenipun ingkang nglampahi.

Sampun, samantên rumiyin.

Nyuwun pangapuntên.

Sêdya Utama.

--- 1454 ---

Pawartos Wigatos

Ing Bab Warni lan Pigunanipun Kapal Pêrang.

Rumiyin ing Kajawèn sampun ngêwrat bab padamêlaning wadya lautan ing Indiya, ing sapunika amratelakakên malih ing bab pigunanipun kapal pêrang ing satunggil-tunggiling warni.

Ing ngriki prayogi kapratelakakên rumiyin dhumatêng para maos, bilih kapal pêrang punika kenging kangge nindakakên padamêlan warni-warni, dados botên namung sawarni kemawon. Amila kapal wau wangun, agêng tuwin wujudipun inggih beda-beda, miturut dhatêng kawontênaning padamêlanipun piyambak-piyambak.

[Grafik]

Kapal panulung Koetei.

Kapal pêrang agêng (slagschip) inggih punika kapal ingkang dados baku utawi ingkang prêlu piyambak ing golonganing kapal pêrang. Kapal wau wontên mariyêmipun agêng-agêng tuwin alapis waja sakalangkung kiyat tuwin kandêl, kawontênanipun ngantos kenging dipun wastani sami kalihan bètèng ing dharatan. Sampun tamtu kemawon kapal ingkang kados makatên punika awrat tuwin agêng, mila sanadyan dipun dèkèkana mêsin ingkang langkung kiyat, lampahipun mêksa botên sagêd rikat. Ananging mariyêmipun kados ingkang kacariyosakên wau, agêng-agêng sangêt, sagêd anglêpasakên mimis agêng-agêng ingkang sagêd nyirnakakên mêngsah. Dene mimising mêngsah badhe botên anêdhasi, dening kêtadhahan ing waja ingkang kandêl wau. Lan malih lapis waja wau kanthi pitulunganing pirantos sanès-sanèsipun sagêd nanggulangi torpedho tuwin dhinamit ing sagantên.

Kapal Kruiser punika lampahipun langkung rikat tinimbang kapal pêrang agêng. Mila pigunanipun kapal Kruiser wau kangge ngulat-ulatakên kapaling mêngsah, nisihakên kapal-kapal alit tuwin ingkang rikat lampahipun (upaminipun kapal torpedho), anêmpuh kapaling dagang mêngsah tuwin angayomi kapalipun dagang piyambak.

Kapal slagkruiser punika gadhah daya kadosdene slagchip tuwin kruiser, dados inggih kiyat lan ugi rikat. Kapal torpedho punika kaperang dados kalih warni, inggih punika kapal torpedho tuwin kapal torpedho pambujêng. Bedaning kapal kalih warni wau, makatên: kapal torpedho padamêlanipun ingkang prêlu anindakakên dêdamêl torpedho, dene kapal torpedho pambujêng anindakakên dêdamêl mriyêm.

--- 1455 ---

Kapal kêkalih punika lampahipun rikat sangêt, tuwin gadhah pirantos kangge anglêpasakên torpedho (torpedho punika awarni mimis panjang, sagêd lumampah wontên salêbêting toya mawi mêsin piyambak tuwin isi dhinamit). Wanguning kapal torpedho punika andhap, prêlunipun supados bogên gampil dipun mriyêm ing mêngsah, punapa malih botên gampil kasumêrêpan.

Kapal silêm, punika sagêd lumampah ngambang tuwin nyilêm ing toya. Wangunipun kados srutu lancip anggaronggong, nginggil mawi ajug-ajug atutup alit waradin. Kapal wau mawi tang, inggih punika awujud kadosdene tong tosan mawi tutup. Samôngsa kapal wau badhe nyilêm, dipun lêbêti toya, dene manawi badhe ngambang, toya wau dipun wutahakên dhatêng sagantên malih kalayan gampil sangêt. Kapal wau mawi kèkêr panjang kenging dipun jêdhulakên ing lumahipun toya, namanipun periskoop. Pirantos wau kangge samôngsa kapal nuju wontên salêbêting toya, sagêd sumêrêp dhatêng kawontênan salumahing sagantên. Torpedho punika kenging dipun lêpasakên kalanipun kapal ngambang utawi manawi nuju nyilêm. Ingkang makatên wau amila ambêbayani sangêt tumraping mêngsah.

Kapal panulung, kapal punika kathah sangêt warninipun, kados ta: kapal pirantos kangge nyêbar dhinamit, pirantos kangge nyingkirakên dhinamit, kapal pangayomaning kapal silêm tuwin motor mabur, kapal ambêkta barang sadhiyan, kapal kangge andandosi karisakan, kapal triyasakat, tuwin sanès-sanèsipun.

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Kakêndêlan saha Kajirihaning Lare.

Candhakipun Kajawèn nomêr 83.

Petruk : Hêm, Kang Garèng kuwi nèk caturan anggone lêlengkak-lengkok turut usuk kuwi, nganti kaya blantik prakara. Upama tak wangsulana akèh-akèh, ora wurung mêsthi banjur ngêtokake kawruhe ing bab wèting nagara, kaya ta nèk kapèpète têmtune iya banjur calathu mangkene: miturut bab 10 sêtatsêblad 1912 nomêr 600 ...

Garèng : Wiyah, kuwi rak pranatan mungguhing hak ngarang, nèk ora sumurup ing prakara wèt, bok aja diwêtok-wêtokake, mundhak kaya bangkong udud pipa, plêmpas-plêmpus, nanging ora ana paedahe. Mara, tak banjurne omongku ing bab kakêndêlaning wong kang kacarita ing layang babad. Kajaba sing wus dak andharake ing ngarêp, ana manèh kakêndêlane uwong kang pantês ingalêmbana, kaya ta: kakêndêlane bêbantêning agama, kuwi akèh bangêt sing padha milih luwung mati tinimbang urip dikon ninggal agamane mau. Nalika wiwit tuwuhe agama Nasrani, pirang èwu [èw...]

--- 1456 ---

[...u] bae wong-wong kang disiksa utawa dilunasi saka dhawuhe sang nata ing Ngêrum, jalaran anggone ora gêlêm maèlu dhawuhe supaya ninggal ing agamane mau. Mara, apa ora kêna diarani kêndêl tindak kang mangkono kuwi.

[Grafik]

Petruk : Hla, kuwi rak rumasamu, nèk rumasaku kaya ngono kuwi rak malah kliru, têgêse wong sing ora miturut mênyang pituture para sêpuh mangkene: ênggèr, wong urip ana ing donya kudu sing bisa manjing ajur-ajèr utawa bisa mêncala putra mêncala putri, mungguh kaêpe kudu sing bisa kumpul karo sadhengah uwong, iya kumpula karo sabangsaning priyayi, bangsaning among dagang, santri lan sapadhane. Ambok iya wong sing ngukuhi agamane mau barêng didhawuhi ninggal agamane banjur matur: êndika, gusti, nanging ing batine isih nglakoni. Têmtune rak iya slamêt, tur rak iya agawe rênane sang prabu, awit elinga pituture para sêpuh mangkene: ganjaran kang gêdhe kuwi tumrap uwong kang dhêmên agawe sênênging liyan.

Garèng : Mungguhing wong kudu bisa manjing ajur-ajèr, mancala putra mancala putri, kuwi mula bênêr, nanging patrap lan carane kudu nganggo êmpan papan, kudu milih sing kaprahe diarani bêcik lan apik. Tumraping agama, wong kang kaya kandhamu anandhakake uwong kang ora kêncêng tekade, dadi kêna diarani wong kufur. Piwulange para sêpuh kang kokandhakake kèri dhewe mau, pancèn iya wis wajibe wong urip, sabisa-bisa kudu agawe sênênging liyan.

Petruk : Dadi kowe wis ngakoni yèn mangkono kuwi bêcik, mulane bab kiyi sinaunên sing têmênan, amrih ing têmbe gêdhe ganjarane, kaya ta: yèn kadhangkala aku têka nyang gonmu, prêlu nêmbung utang dhuwit, aku tumuli tulungana, supaya agawe bungahing atiku, ananging poma aja ngarêp-arêp balining dhuwit, awit, sing sapa awèh pitulungan ing liyan, ing môngka ngarêp-arêp baline sing ditulungake mau, kuwi banjur ilang bae ganjarane.

Garèng : E, lha, kêtanggor wong tekad-tekadan aku iki, wong muni kok tanpa têgês mangkono, wis ngômbra-ômbra kathik tanpa tônja, hara, rungokna, dak wangsuli. Wong ora kêna ngarêp-arêp anggone motangake, kuwi kliru bangêt, jalaran ninggal ing kukum. Wêruha, wong utang kuwi kudu nyaur, dadi sing motangake ya kudu nagih, lan sing utang ya kudu nyaur, kuwi sah jênênge, sing utang ora ambêbodho lan sing motangake ora bodho. Dadi kaya sing kok kandhakake mau, rak mung arêp gawe enakmu dhewe bae, dudu kaprahe patraping wong agawe sênênging liyan.

Petruk : E, mêksa kliru omongku kiyi, nèk tak gagas-gagas kanthi êninging pikir, kaya-kaya sing bisa olèh ganjaran gêdhe bangêt kuwi, ora liya mung tlèdhèk, badhut, sandhul lan liya-liyane, [liya-liya...]

--- 1457 ---

[...ne,] awit sabên dina pagaweane mung agawe sênênging wong akèh, bênêr ora, Rèng.

Garèng : Iya, pancèn bênêr bangêt kandhamu kuwi, malah ganjarane wong-wong mau ora susah ngêntèni besuk ana ing kerat barang, anggêr bubar, iya banjur tômpa ganjaran bae, yaiku opahe. Nanging kuwi umume rak wong ambêbarang, dudu lakuning urip kang nurut lakuning kautaman donya. Yèn wong sing wêruh marang perang-peranganing laku kautaman, sakabèhing laku lan tekading atine mêsthi adoh saka panggawe nistha. Ya bênêr, mungguh badhud, lèdhèk lan sapadhane mau tansah gawe sênêng lan lêgane wong sing padha wêruh, nanging rak ora mangkono, ta, karêping piwulang mau.

(Badhe kasambêtan).

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

Pambantu Kajawèn ing Kudus martosakên, kala tanggal 14 wulan punika wontên oto bis mèrêk E.S.T.O. ingkang mlampah saking Kudus dhatêng Banjaran, wontên ing Mayong numbuk wit asêm, ing ngriku kêlêrêsan wontên tiyang numpak pit tuwin kuli kêkalih sawêg ngusungi gêndhis. Tiyang ingkang numpak pit kêtrajang, pêjah sanalika, kuli ingkang satunggal kêsrèmpèt ing slebor ngantos kontal, pupu putung, satunggalipun wilujêng. Ingkang numpak wontên tiyang èstri kêkalih sami adus rah, jalaran kenging pêcahan kaca. Sanèsipun sami nandhang tatu sakêdhik.

Lulus kandhidhat iksamên bagean kapisan ing pamulangan luhur pangadilan, Tuwan Natiniarja.

Sampun sawatawis dintên punika, tiyang nama Wôngsa ing dhusun Antaran, Kuningan, sawêg wontên ing griya dipun cêluki tiyang saking jawi, ugi lajêng mêdal, nanging botên wangsul. Pèl pulisi lajêng pados katrangan, sagêd angsal damêl. Katranganipun Wôngsa wau dipun aniaya ing tiyang 8 ugi têtiyang ing dhusun ngriku, mayitipun dipun cêmplungakên ing jurang. Miturut katranganing tiyang-tiyang wau, Wôngsa wau dados dhukun, tuwin mêntas ngracut tiyang ngantos dumugi ing tiwas, nanging katranganipun botên.

Kawartosakên ing bawah Klathèn tuwuh sêsakit malariah, wontên dhusun ingkang tiyangipun sakit wontên 80 prêsèn. Pakaryan kasarasan ambage kinah tablèt, sabên dintên 10.000 iji.

Ing Batawi mêntas wontên parêpatan pakêkêmpalan Boedi Banten, ingkang madêg saking golonganing bôngsa Bantên. Wosing rêmbag angudi murih bôngsa Bantên sagêda ngêmori dhatêng kamajêngan.

Kawartosakên, ing Purwarêja, Banyumas, wiwit tanggal kaping 20 Sèptèmbêr dumugi tanggal 10 Oktobêr, karaos wontên lindhu kaping 10, nanging ingkang karaos santêr namung ing tanggal 14 Oktobêr, wanci jam 8 tuwin jam 9 dalu. Anèhipun, lindhu wau botên angebahakên barang ingkang gumantung, utawi wontên suwara gumlêgêr.

Satunggiling boswahtêr ing wana bawah Majalêngka mrêgoki durjana kajêng têtiga, durjana lajêng nêmpuh anatoni dhatêng boswahtêr wau ngantos sangêt. Pulisi sampun sagêd nyêpêng tiyang kêkalih, ingkang kakintên dados durjananipun.

Sampun sawatawis dintên punika, garwanipun ingkang Bupati Cilacap suwargi tuwin ingkang garwa ingkang Bupati Cilacap sapunika kadhèrèkakên asistèn wadana ing Rawalo, nitih oto. Wontên ing margi tubrukan kalihan oto ingkang dipun tumpaki Walandi nama R. tiyangipun pirmah Mansen & Co. ing Surabaya. Ingkang sami numpak namung kagèt kemawon, nanging wontên lare ingkang nuju wontên ing wande kêtindhihan oto ingkang kêjêmpalik, nandhang tatu rêkaos. Prakawis sawêg kapriksa ing pulisi sintên ingkang lêpat. Lajêng wontên sabab malih, inggih punika Walandi wau nêmpiling asistèn wadana.

Ing wêkdal punika paduka Tuwan Propesor Jhr. B.C. de Savornin Lohman lid Eerste Kamer kalihan ingkang garwa wontên ing Medhan, prêlu amiyarakên sêsêrêpan ing bab kawontênan ing Indhiya, dene ing sapunika ingkang badhe dipun pahamakên kawontênanipun tanah Sumatra pasisir wetan. Kathah tiyang ing Dhèli ingkang rêrêmbagan.

--- 1458 ---

Kala ing dintên Sabtu kêpêngkêr, panjênênganipun Pangeran Purbaatmaja, bupati pènsiun ing Kuthaarja seda, kasarèkakên wontên ing dintênipun Ngahad. Suwargi Pangeran Purbaatmaja punika satunggiling bupati ingkang kêtitik agêng ing lêlabêtanipun tuwin dipun sêtyani ing kawula wêwêngkonipun, katitik saking nalika sugêngipun sampun tampi kanugrahan bintang R.O.N.L. tuwin O.O.N. Botên langkung Kajawèn andhèrèk mêmuji, mugi rohipun ingkang nêmbe murud dhatêng kalanggêngan, linuhurna ing Pangeran, amin.

[Grafik]

Ing Plorès wontên tiyang komunis asli saking Makasar anyêbarakên wiji wontên ing Adhonarah, tiyang ingkang kapiluta sampun wontên 800, saha sami nyadèni ingah-ingahanipun babi ngantos rêrêgèn f 1000.- badhe kangge wragad ambalela. Nanging bêstir sampun sagêd nyêpêng tiyang 150. Kajawi punika ing sanès-sanès panggenan inggih wontên rêrêsah alit-alitan. Sapunika sampun kakintunan saradhadhu kalih bragada.

Apdhèling Pamoeda Indonesia ing Ngayogya, ngêdalakên kalawarti wulanan Soeara kita, dipun pandhegani Tuwan Mahmud, warganipun redhaksi wontên sakawan, ingkang satunggal putri, nonah Endah Suwarni. Ingkang jumênêng parampara Ki Hajar Dewantara, kajawi punika taman siswa inggih ngêdalakên kalawarti nama Wasito, makatên ugi adidarma ugi badhe ngêdalakên, namanipun dèrèng tamtu.

Wontên pawartos, kala tanggal kaping 9 Sèptèmbêr, ing Paluwah wontên jêblosan ingkang kaping kalih, nanging botên sangêt kados ingkang sampun. Saking salêbêting kawah wontên sela-selanipun ingkang sami mancêlat mêdal. Kasangsaran botên wontên.

Ing kampung Pêtojo Sawah, Wèltêprèdhên, wontên satunggiling tiyang èstri umur 15 taun katrajang sêsakit cacar, tiyang wau dèrèng nate dipun cacar. Pakaryan kasarasan gêmintê lajêng nindakakên rêrigên andhawuhakên cacaran.

Ingkang sinuhun kangjêng sultan ing Ngayogya kalihan paduka tuwan gupêrnur, mêntas têdhak dhatêng Imagiri, prêlu namung mariksani kawontênanipun kemawon, dene salajêngipun lajêng têdhak dhatêng pasisir kidul.

Benjing tanggal 25 wulan punika ingkang sinuhun kangjêng sultan ing Ngayogya badhe têdhak dhatêng Sêmarang, prêlu badhe maratamu paduka gupêrnur tuwin mariksani kapal Kristian, punapadene mariksani kawontênanipun ing kitha Sêmarang.

Kêkantunaning golongan pulisi saking Batawi, ingkang wontên ing Biliton, cacah 51, sampun sami wangsul dhatêng Batawi malih, amargi ing Biliton sampun têntrêm.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 685 ing Têmênggungan (Malang). f 2.- sampun katampi. Manawi botên nampi Kajawèn, katêrangna nomêripun, dados gampil anggèn kula ngintuni dhuplikat.

Wigatos

Ngaturi uninga dhatêng para lêngganan Kajawèn, ing sapunika sampun ngancik kuwartal ingkang kaping sakawan, para lêngganan ingkang dèrèng ambayar rêgining Kajawèn, kaparênga lajêng ngintunakên tumuntên. Manawi dipun sarantosakên sawatawis dintên malih botên amaringi bayaran, kêpêksa lajêng botên kakintunan Kajawèn, tuwin manawi sampun kalajêng botên dipun kintuni, ing têmbe wingking samôngsa wontên lêngganan ingkang kêkirangan tampinipun Kajawèn, jalaran saking kasèping pambayaran, sampun andadosakên cuwaning panggalih, amargi tirahanipun Kajawèn kêpêksa kakintunakên dhatêng lêngganan enggal.

Adm.

--- 1459 ---

Wêwaosan

Sêrat Jaka Pitutur.

Anggitanipun Mas Prawirasumarja ing Surakarta.

4

Enjingipun Radèn Adicôndra lajêng pangkat dhatêng kitha Banyumas, dene ingkang èstri dalah anakipun sami katilar wontên ing griya ing Sukaraja. Sadhatêngipun ing kitha Banyumas, lajêng nindakakên padamêlan punapa mêsthinipun, para sosoranipun sami iyêk sayuk rukun miturut saparentahipun Radèn Adicôndra.

Gêntos kacariyos, ing kampung Kauman salêbêtipun kitha Banyumas, wontên satunggiling rôndha sugih nama Bok Prabakartika, sudagar agêng, sêsadean sinjang bathik, tuwin uwos sapanunggilaning wêdalipun têtanèn, manggèn ing griya gêdhong pinggir margi agêng, pakaranganipun wiyar, katanêman sêkar warni-warni. Gadhah anak èstri satunggal sampun prawan agêng ngumur 19 taun, nama Mas Rara Wahyuni, sarta gadhah tôngga gêgriya sajawining pakarangan kaprênah wingking, nama Wôngsadrana.

Ing satunggiling dintên bok rôndha rêrêmbagan kalihan rencangipun èstri ingkang kinasih nama Sani: e, Sani, apa kowe ngrêti, apa sababe wis pirang-pirang dina iki Radèn Sukardi putrane bêndara patih ora karsa rawuh mrene.

Sani: Botên bokmas.

Bok rôndha: Satêmêne aku mêntas ngêcogêmol mênyang sarirane, manawa duwe niyat kalawan têmên-têmên mênyang Rara Wahyuni, supaya tumuli cekat-cèkêt banjur dilakoni, aku bungah. Wusana sarirane mangsuli sêndhu, yèn ora kagungan niyat apa-apa, dene anggone karsa malêbu mêtu ing omah kene, iku ora saka apa, mung kêtarik saka têpung bêcik bae, malah mratelakake yèn uwis kagungan pêpacangan putraning bupati, nanging ing ngêndi ora karsa ngandikakake. Saka iku atiku sêrik bangêt, rumasa kawirangan, Sani, apa kowe bisa mêmulih marang atiku.

Sani: Sagêd, dhukun ing Kali Bagor punika misuwur sagêd damêl sarat pangasihan. Radèn Sukardi prayogi dipun padosakên sarat supados asih dhatêng ingkang putra Mas Rara Wahyuni.

Bok rôndha: Prakara dhukun aku ora mathuk, amarga dhukun iku sing akèh bangsane anjêlag, ora pantês digugu, aluwung rewangana mikir, kira-kira sapa sing patut dadi jodhone Rara Wahyuni iku.

Sani: Radèn Adicôndra wakil asistèn wadana kitha punika warninipun bagus, misuwur ing ngakathah kêsagêdanipun cêkap, namung punika pamanggih kula, nanging kuciwa sampun gadhah semah tuwin sampun gadhah anak jalêr satunggal.

Bok rôndha: Panêmuku iya mung kae, patut dadi wong gêdhe, tur pintêr, nganti olèh pangalêmbana saka kangjêng parentah. Dene prakara bojo lan anak iku gampang, amarga Radèn Adicôndra dudu kalairan kene, kiraku gampang kengguhe marang bôndha, beda karo Radèn Sukardi, kêpala bêsar ora dhêmên marang bôndha. Coba mênênga sadhela Sani, aku tak nulis. Radèn Adicôndra mêngko sore tak aturane mrene, kiraku dhangan, amarga sabêne yèn mêntas papriksa iya sok mampir mrene. Si Kacung bojomu undangên, layang iki konên ngaturake bêndara sêtèn kutha, yèn uwis bali konên mrene, arêp tak ajak caturan.

Sawangsulipun Kacung ambêkta sêrat lajêng ngadhêp bok rôndha. Bok rôndha wicantên: he, Kacung, aku anjaluk gawemu, apa kowe wani upama tak kon matèni marang Sri Têmon, garwane Radèn Adicôndra. Yèn prakara iku bisa kalakon, gêdhe ganjarane, kowe tak wèhi dhuwit rong atus rupiyah.

Kacung: Manthuk sagah. Ing batos: aja sing kon matèni wong wadon, sanadyan wong lanang pisan aku masa wêdia, dhasar wis gaweku matèni uwong.

Ing wanci jam 5 sontên, Radèn Adicôndra dhatêng ing griyanipun Bok Prabakartika, lajêng sami gêginêman. Salêbêtipun ginêman, Bok Prabakartika cariyos: bêndara, panjênêngan sampun kaparêng sadherekan kalihan kula, kuciwa ingkang rayi radèn ayu têka botên kêrsa ngajak pisan, kajêngipun têpang kalihan kula, iba bingahing manah kula upami karsa rawuh sakalihan.

Radèn Adicôndra: Tiyang èstri dalah anak taksih sami kantun wontên ing Sukaraja, pancèn botên kula bêkta, amagi kula wakil botên dangu, namung sawulan, wontên ribêd sakêdhik dene dumugi ing dintên punika dèrèng dipun kintuni santun, benjing enjing angkah kula badhe kengkenan mantuk mêndhêt santun, nanging botên wontên ingkang kula kèngkèn.

Bok rôndha: Manawi makatên, kusir kula pun Ali kemawon kautusa, kenging dipun pitados, tur satiti ngati-ati.

--- 1460 ---

Radèn Adicôndra: Wah, nuwun bok, sapunika kula lajêng badhe mantuk kemawon adamêl sêrat, benjing enjing Ali sagêda mangkat enjing. Ali sapunika kajêngipun tumut kula sakêdhap mêndhêt sêrat.

Bok rôndha: Inggih bêndara, andhèrèkakên sugêng. Li, Ali, kowe andhèrèkakên dara sêtèn mênyang dalême anjukuk layang.

Ali sasampunipun nampèni sêrat saking Radèn Adicôndra, dumugi ing griya lajêng katampèkakên dhatêng Bok Prabukartika. Enjingipun lajêng mangkat dhatêng Sukaraja.

Bok rôndha lajêng nyariyosi Kacung: Kacung dina iki Si Ali wis mangkat mênyang Sukaraja, anggawa layange Radèn Adicôndra, layang mau surasane jaluk kiriman sandhangan, lan awèh kabar slamêt marang Sri Têmon, layang iku banjur tak bukak, ing ngisor tèkên tak wuwuhi tulisan, surasane supaya Sri Têmon nusul mênyang Banyumas, barêng karo sandhangan mau. Layang iku yèn wis diwaca, Sri Têmon mêsthi banjur mangkat nusul. Mula saiki kapriye karêpmu, iki ênya dhuwit satus rupiyah kanggo sangu, lan ênya iki pistul saisine, ing dina iki uga banjur mangkata.

Kacung: Wah punika akal sae sangêt bokmas, samôngsa Ali lan Sri Têmon lampahipun dumugi panggenan ingkang sêpên, têmtu kula dhawahi pistul, sarta malih kula badhe ngangge topèng supados sami botên sumêrêp yèn kula: Kacung.

Bok rôndha: Kabèh iku aku ora mêruhi, mung kapriye bêcike pikirên dhewe, saiki tumuli nututana Ali, amarga anggone mangkat wis rada suwe.

Botên kacariyos ing margi, Ali sampun dumugi ing Sukaraja, sêrat lajêng katampèkakên dhatêng Radèn Ngantèn Adicôndra (Sri Têmon). Rampung anggèning maos, gita-gita lajêng nata sandhangan ingkang badhe kabêkta piyambak dhatêng Banyumas.

Ing wanci enjing Sri Têmon sampun tata-tata ingkang prêlu kabêkta. Kareta ingkang badhe katumpakan sampun cumawis wontên ing ngajêngan, kopêr isi sandhangan sampun kalêbêtakên ing kareta. Ali mapan linggih jèjèr kusir wontên ing bak ngajêng, Sri Têmon dalah Sudarsana sami linggih wontên ing bak wingking, layar kareta lajêng katutup sadaya, murih botên kenging balêdug, kareta griyêng lajêng mangkat.

Kocapa Kacung, ing wêkdal wau sampun nyêgat wontên ing margi agêng têngah wana, ambêkta rencang jalêr kalih, sikêp dêdamêl pênthung. Kacung nyariyosi dhatêng rencangipun kêkalih, samôngsa piyambakipun watuk, punika karetanipun ingkang kêdah dipun têmpuh.

Botên dangu saking tatêbihan katingal lamat-lamat wontên kareta ingkang badhe langkung ing ngriku. Kacung sarencangipun kêkalih botên talompe lajêng sami mapan aling-alingan ing wit-witan agêng, ingkang wontên pinggir margi agêng. Sarêng kareta sampun cêlak, Kacung lajêng watuk-watuk sarta ngrogoh pistulipun ingkang dipun kandhut. Rencang kêkalih lajêng sami tumandang, nanging pating garigih sêmu ajrih. Nyumêrêpi kawontênan punika, Kacung manahipun kakên, pistul ingkang dipun cêpêng lajêng dipun ungêlakên, dhêl, dhêl, dhêl, ngantos rambah kaping nêm botên wontên sêlanipun, plajênging mimis tansah dhawah ing kareta bak wingking. Kagèting kapal rakitan mirêng suwaraning pistul, dipun sarêngi dhawahing pêcut ingkang dipun sabêtakên dening kusir, lampahipun kados thathit, prasasat botên ngambah siti. Ali dalah kusir sami manggih wilujêng, namung layaring kareta pating caromplong kados binabah ing kombang.

Kacung lêga raosing manahipun, rumaos sampun kadumugèn sêdyanipun, Sri Têmon saanakipun mêsthi sampun pêjah dening mimising pistulipun, arta pasangon satus rupiyah lajêng dipun bage dhatêng rencangipun kêkalih, sasampunipun makatên lajêng mantuk dhatêng kitha Banyumas.

Pangintênipun Kacung bilih Sri Têmon saanakipun sampun pêjah, punika lêpat, mênggah têrangipun makatên: Sri Têmon saanakipun sasampunipun wontên ing kareta, raosing manahipun tarataban, nir-niran kados tiyang andèkèk lare alit wontên pinggiring sumur, makatên malih sarêng sêrat saking ingkang jalêr dalah wêwahanipun ingkang wontên ing ngandhap, beda sêratanipun. Ing sanalika punika manahipun Sri Têmon tuwuh kirang sakeca, lajêng mudhun saking kareta, Ali dipun purih mudhun ugi lajêng dipun pitakèni: Ali satêmêne layang iki saka sapa.

Ali: Saking Radèn Adicôndra.

Sri Têmon: Bênêr, apa kowe tômpa dhewe saka Radèn Adicôndra, apa saka liyane.

Ali: Sakawit kula tampi saking Radèn Adicôndra, lajêng kula tampèkakên dhatêng Bokmas Prabakartika, nalika kula mangkat, sêrat wau sawêg kaparingakên wangsul.

Sri Têmon kèndêl sakêdhap lajêng cariyos: Aku karo anakku ora sida mênyang Banyumas, kopêr isi sandhangan iku gawanên aturna marang Radèn Adicôndra, lan matura yèn aku karo anakku padha ginanjar slamêt, wis tumuli mangkata.

Ali sadumuginipun ing kitha Banyumas, kapapagakên dening Sani, kapurih anjujug ing griya wingking, ing ngriku lajêng dipun pitakèni anjalimêt dening Bok Prabakartika. Ali ugi lajêng nyariyosakên sakawit dumugi wêkasan botên wontên ingkang kalangkungan. Bok Prabakartika tansah gumun eram dhatêng satitinipun Sri Têmon, saking dene dayaning satiti ngantos sagêd oncat saking bêbaya agêng.

(Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 86, 12 Jumadilawal Taun Alip 1859, 27 Oktobêr 1928, Taun III.

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1477] ---

Ôngka 86, 12 Jumadilawal Taun Alip 1859, 27 Oktobêr 1928, Taun III.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Tiningalan saking gêgana.

[Grafik]

Gambar ingkang kacêtha nginggil punika kawontênanipun sêkolahan calon dhoktêr N.I.A.S. ing Surabaya, ingkang sampun madêg gangsal wêlas taun.

--- 1478 ---

Raos Jawi

Nglalu.

Putêking manah ingkang jalaran karubêdan agêng punika ngadat lajêng katêlasan utawi rekadaya amrih uwal saking bêbaya wau. Malah ingkang limrah lajêng thukul kakêndêlanipun ingkang tanpa dugi-dugi lajêng kadospundi katêmahanipun. Wontên ugi ingkang namung mupus lan rumaos bilih cupêt ingkang kajôngka.

Manawi dipun manah saèstu, sadaya wau tuking lêpat inggih badanipun piyambak, upami: wontên lare ingkang botên lulus iksamênipun, kadospundi susah lan isinipun. Nanging punapa namung mandhêg sak isin, wirang, gêtun, ingkang prêlu kêdah ihtiyar kadospundi supados wirangipun wau sampun ngantos dumunung ing badanipun, saupami kagungan barang ingkang risak, tanpa paedah manawi lajêng gêtun dhatêng risakipun barang wau, tur botên lajêng dipun dandosi.

Dene ingkang botên karsa andandosi risaking barang wau kenging kaupamèkakên wong ora dumuwe, utawa ora sênêng duwèke dhewe. Môngka barang darbe punika kêdah karimat ingkang sae. Makatên ugi pangrimatipun dhatêng badan, masthi ngungkuli dhatêng barang-barang. Ewadene tumrap tiyang ingkang kapêtêngan nalar, ajining badan kawon dening rajabrana utawi sabab sanèsipun, mila lajêng klampahan nglalu. Anggènipun nglalu, wau wontên ingkang mêntas ngabotohan kawonipun ngantos ewon, wontên ingkang jalaran anggènipun iksamên botên pikantuk partisara, lan kathah malih sababipun.

Saupami tiyang wau sagêd manah-manah panjang, rak badanipun piyambak nama kainan. Kados ta tiyang ingkang ngabotohan wau, kenging punapa botên ngangge dugi-dugi, namung nêdya ngumbar hawa nêpsunipun dhatêng kêrtos. Makatên ugi kanggenipun lare sakolah wau, kenging punapa botên srêgêp ing sadèrèngipun, harak nama sêmbrana.

Tiyang misakit tiyang, agêngipun ngantos mêjahi, punika sampun nama awon, awit botên trêsna dhatêng sasamining tumitah. Langkung-langkung tiyang mêjahi badanipun piyambak, punika sakalangkung awonipun. Cêthanipun kados ungêl-ungêlan ing ngandhap punika:

[Mijil]

Balik nora tinitahkên malih / paran wêkasing don / mung karantan kaduwung atine / gêgêtune sansaya ngranuhi / yèn nganyuta pati / mimbuhi dosa gung //

wit jisime wong anglampus dhiri / tan kêna dèn uwor / lan makame para lêluhure / myang sawiyah makamaning jalmi / sinarang sinirik / kang apik tan ayun //

krana wong kang amatèni jalmi / wus dosa lwih asor / môngka ana wong nglalu ragane / têtêp lamun duraka ngungkuli / patinira aji / kewan kêthèk lutung //

Punika pêthikan saking: anggitan dalêm swargi K.G. P. A. A. Mangkunagara IV ing Surakarta.

--- 1479 ---

Ungêl-ungêlan ing sêkar punika mratelakakên bilih tiyang nglalu punika dalasan benjing dumugining pêjah, sinirik, masthi kemawon inggih dados raosan ingkang botên sae. Ing ngriku ugi mratelakakên bilih ajinipun tiyang nglalu punika sangandhapipun kêthèk lutung, ringkês asor tinimbang sato kewan.

Awit saking punika, tiyang wau prêlu lan wajib ngêdalakên nalar utawi ihtiyaripun. Botên kenging lajêng mupus: la wong takdirku kaya ngene, ngatên punika sayêktosipun botên kenging tur mindhak katawis manawi tiyang cupêt ing nalar. Anggitan dalêm swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV wau wontên ungêl-ungêlan malih makatên.

Dunungipun wong kang nglalu budi / ana bêcik awon / bêcikira kang tinuturake / alanira wus kocap ing nguni / tan lyan jalaraning / cupêt ing panggayuh //

Suraos punika mratelakakên manawi tiyang nglalu wontên saenipun, inggih punika anggènipun angugêmi tekadipun. Nanging emanipun gadhah tekad agêng kok lèrègipun dhatêng awon, têmah dadosipun inggih awon.

Namung samantên atur kula, sapintên kêkirangan lan lêpatipun mugi para maos sampun kirang pamêngku.

Kula R.S. Citrasêputra

Surakarta

Kawruh Sawatawis

Ma, ma, ma, ma, ma.

Candranipun ma, 5 iji, ingkang anjalari dhawahipun karisakan, wêwatêkaning satunggil-tunggilipun sami kawêdharakên ing urutipun sastra Jawi 20. Kados ingkang kajarwa ing ngandhap punika.

1. Madat, 1. Ha-. 2. Na-. 3. Ca-. 4. Ra.

2. Madon, 5. Ka- 6. Da-. 7. Ta-. 8. Sa.

3. Minum, 9. Wa-. 10. La-, 11. Pa-, 12. Dha.

4. Main, 13. Ja-, 14, ya-, 15. Nya- 16. Ma.

5. Maling, 17. Ga- 18. Ba- 19. Tha- 20. Nga.

[Sinom]

0. Sri nataning kang ruwiya / yogya dadia palupi / pinandara mrih mardawa / wêwarah ma pônca warni / nityasa mrih linuri / ring para mudhambêk punggung / gumunggung andêrbala / lir buta butêng nir budi / dadinira tan lèn mrih tinut sakarsa //

1. anitèni kang kawruhan / anane ma limang said / ingkang dadya kalakuan / awit ma madat kang dhihin / antuke mikolèhi / ing jasad utawi kahyun / anapi ceda cuwa / ujar limrah ingkang klair / èstu tumrap ing patrap kang linampahan //

2. naracak kang padha rêna / nadhah madat mangkya nguni / naya nis nistha kang warna / liring cipta kang nangsayani /Lebih satu suku kata: liring cipta nangsayani. nanging

--- 1480 ---

medanya nguni / nala lit lumuh supênuh / natkala kasêpênan / niring barang dèn rêmêni / nêdya nêmpuh nora nana dèn amana //

3. cêpake madat cinacad / cinarita nora bêcik / camahira tansah kocap / calimute luput pêcing / cècège bôngsa bincil / cumèplês sinambi nucup / cagak lèk nalar pêncar / cumêplong nora kêcicir / cipta moncèr tyas padhang sarira rêncang //

4. ragane karasa pêra / rasaning rah rêrêm alit / rumasa srandune waras / rêngune amarah aring / rusake saking ririh / rada suwe saya murud / raga saru asarang / rêgêd biru ingkang dhiri / riyak jlagra goragodha dadi lara //

[Grafik]

Tiyang ingkang sawêg sami main dhadhu.

5. kapindho ma madon ingkang / kinidung dirèng kintèki / kang bêcik lawan kang mokal / kinawruhan ing pamikir / kêrêp kasrêkêp ngikis / katêkaning nala sêkung / kayungyun angrêreka / kataina amèt kingkin / kinulita alôngka karya rumpaka //

6. darapon asmaradana / daladag nêdya bèr budi / dasat ulat gung dinadak / dinulu katona adi / dalèdèr mondar-mandir / datan pandak barang tanduk / doyanan pêlacutan / dorane ginawe sandi / dêlap ulat dalèha sugih rubeda //

7. tarike wong madon tuman / talendho mrih ulah niti / tuhune kêrêp kliwatan / tansah linyok barang warti / têrkadhang tuwuh juti / toging don kataman rêtu / tumêrah badan rata / tumuli madêg narpati / têkèng muka ingran rajasinga durta //

8. sumêrang mangsah mrawasa / sarupaning sipat jisim / sinalinan sarwa siksa / saking rajasinga rêsi / saru sipate kongsi / sisip-sêmbir nungsung sungsum / supênuh nanah basah / sayêkti gêlis ngêmasi / singkirana aywa nêrak raja rusak //

9. wantune wong minum tuwak / waragang utawi awis / wite kawuryan sêmuwa / wani wantêr samukawis / wêdharing wuwus awig / wignya buwang rikuh ewuh / wigar siwêring awak / wadhèh wêwadi tan mawi / winawêran wantuning wuru jinarwa //

10. luwih limpad barang polah / lalu luluh

--- 1481 ---

lamun lilih / lali ngaraling kawula / lacude tanpa kêkêlir / lir kukila kalingling / lukita katon balilu / lana linodrakala / loke sura suka julig / luhur bae asore nora winilang //

11. puwara jasate lupa / parusane saya tipis / pugut paraboting kaprah / prapta camahe nanggapi / pêndhak janma nyurupi / pêpindha padhane rapuh / padharan rêmpu-rêmpak / pulang-rah upama api / papas-pêpês pungkasane nandhang papa //

12. dhêdhêg dhêndhane tumêdhak / dharêdhêg kaya kajodhi / dhonging arak lamun têndhag / dhapur raga lir badhidhing / dhadhakane angêndhil / dhêdhukuh laraning wadhuk / dhoke apulang kandhang / dhuh pra mudha ingkang sandhing / dhèngêrêna dha minum ingkang kadhadha //

13. jêjêring main pinajar / jinlèntrèh lan ujar wajib / jujur mujur ingkang bêgja / jinurung prasasat aji / jugruge lamun rujit / jarojogan tanpa tlajung / jungkung mangajap-ajap / jayaning main pinuji / jumênêng ngadêging badan antuk jajan //

14. yayah angudi-udia / yèn mênang royal lir pyayi / yatrane siniya-siya / yak-yuk kaya slawat mayit / yèn kalah poyang-paying / yungyun nguyu-uyu ayuh / yangyanging tyas tan liya / yogya wasita kang tan yin / yèn wis rukyat mêngsah mungsuh tanpa sayah //

15. nyuprih pulihing jayanya / nyanane nora malênyin / nyatane linyok tur sonya / nyênyilih ginawe anyir / nyaut angunyit-unyit / nyêngkut nyêngka budi lunyu / nyamah lair batinnya / nyat-nyut tyase monyar-manyir / nyaba tôngga buwang dhiri satekadnya //

16. murang margane utama / mung marsudi dènira mrih / mênang main wuwuh mamak / majanani marang bumi / miwah ukuring bumi / mawut kang kaetung amung / main sire utama / marmane manungsa sami / marènana mêmain aninggal lumrah //

17. gantya ga maling ginagas / ginupita lawan anggit / gunaning maling tan wêgah / anggogol jugil parigi / gumrêgut ngugih-ugih / goning barang ingkang agung / golèk gunêm jujugan / gêgolonganing wong sugih / ginagapan pagêr nadyan kang tinêngga //

18. barêng antuk guru kabar / barange wong dèn rêrumbi / binasmi apa binabah / babarji ginawe kibir / bodhokkên sarak nabi / barêngkut angubut-ubut / bandhane wong binebas / barêng kêcandhak jêbimblik / binuwang mring sabrang brung ragane bubrah //

19. thethas èthèse wis brastha / thiak-thiuk kêthap-kêthip / thok thêle manthêng mung dwistha / thukuling pakarti nisthip / thir yitna anrangwèsthi / thik-ithik kadi blêkthuthur / thustharda mring kanisthan / thik lumaksa maksih ngêthip / thêking karsa babar tanduking rèh dhustha //

20 ngingêr wênganing kèlingan / ngôngka lupa sabên tangi / ngulatake gon cèlèngan / ngarah untung sabên bêngi / ngrudapaksa wor wêngis / ngusuting [ngusu...]

--- 1482 ---

[...ting] praja winangun / ngampak mêmalaning rat / ngeja angaji ngulangi / ngrusak janma duskarti tanpa rêringa //

Rampunging panyitranira / dèn pêpuji mrih lastari / wiryawaning saniskara / yayah mangarcana sidi / kumacèlu sêdyapti / supari dadya rahayu / mamayu kayuwanan / mamrih niring tyas gung kingkin / dinirgakna yun mangèsthi widadanya //

Lêngganan ôngka 1127.

Pawartos Wigatos

Staten Generaal.

Para maos kados sampun kêrêp amrangguli têtêmbungan Staten Generaal, ananging bokmanawi taksih kathah ingkang dèrèng uninga dhatêng kawontênan ingkang dipun wastani Staten Generaal, mila murih têrangipun, prayogi kapratelakakên wontên ing Kajawèn ngriki sawatawis, sagêda dados indhaking sêsêrêpanipun para ingkang dèrèng dhamang dhatêng bab wau.

Paprentahanipun tanah Indhiya Nèdêrlan punika dados têtanggêlaning nata, nanging ingkang nindakakên para nayaka, inggih punika ministêr jajahan. Ing sarèhning ministêr wau kajibah nyanggi têtanggêlanipun sadaya dhatêng parentah luhur, inggih punika Staten Generaal, amila punapa kawontênanipun prakawis ing tanah Indhiya ngriki, sawênèh ugi wontên ingkang karêmbag wontên ing Staten Generaal.

Mênggah wajibing Staten Generaal punika, amakili rakyat Walandi sadaya, dene pikajênganipun, para warganing Staten Generaal punika kawajibakên tansah ngajêngakên kabêtahaning rakyat sadaya, botên angajêngakên kabêtahaning têtiyang, ingkang sami milih dhatêng warga-warga wau, amila ing ngriku lajêng wontên pranatan, ingkang mratelakakên: bilih para warga punika badhe ngrêmbag satunggiling bab, punika botên sarana dipun prayogèkakên utawi botên sarana rêrêmbagan kalihan para ingkang sami milih dhatêng para warga wau. Anggènipun dipun tindakakên makatên punika, awit kala rumiyin nalika nagari Walandi taksih dados republik, warga-warga wau pangrêmbagipun manut suwaraning tiyang kathah, ingkang milih dhatêng warga, miturut suwara ingkang kathah. Dados manawi wontên rêmbag enggal, punika para warga inggih botên wani ngrêmbag, manawi dèrèng rêrêmbagan rumiyin kalihan ingkang sami milih. Ananging ing sapunika, para warga wau manahipun kêdah mardika, pangrêmbagipun kêdah miturut pamanggihipun piyambak-piyambak.

Parentah nagari Walandi punika dipun pranata ing golongan kêkalih, ingkang dipun wastani Eerste Kamer kalilankalihan. Tweede Kamer, mênggah prêlunipun, supados prakawis ingkang gêgayutan kalihan pranatan nagari, sampun namung kapasrahakên dhatêng sagolongan kemawon, ananging wontêna

--- 1483 ---

golongan sanèsipun malih, ingkang sagêd nimbang karampungan-karampunganing rakyat wau sadaya. Ingkang punika manawi wontên karampungan ingkang kêsêsa saha botên lêrês, golongan kêkalih wau sagêda ngebrakakên. Murih golongan ingkang ôngka kalih (Eerste Kamer) punika sagêd nimbang kanthi sayêktos, kawontênaning golongan kalih-kalihipun wau dipun beda, lan warganing golongan ingkang satunggal (Tweede Kamer) punika botên kenging dados warganing golongan ôngka kalih (Eerste Kamer). Ingkang makatên wau wontên pranatan malih, bilih satunggiling tiyang botên kenging ngrangkêp dados warganing golongan kalih pisan. Tweede Kamer punika sabên kawan taun sapisan, warganipun kêdah kèndêl sadaya, dene tumraping Eerste Kamer, sabên tigang taun sapisan, sapratiganing warganipun kêdah kèndêl, dados warga ingkang kalih pratigan taksih têtêp, kajawi manawi pancèn dipun bibarakên.

[Grafik]

Para warga rad badhe dhatêng gêdhong rêpat Staten Generaal.

Wiwit taun 1917 pamisudhanipun golongan kalih pisan botên wontên bedanipun.

Tumrap wontênipun wêwakiling rakyat Walandi sadaya, para warganing Staten Generaal inggih kêdah kapilih para rakyat, ing ngriku ugi wontên pranatanipun sintên ingkang wajib milih tuwin sintên ingkang wajib dipun pilih. Namung tumrap wadya dharatan lan lautan, salaminipun taksih nindakakên padamêlan botên dipun wajibakên milih. Ing ngriku dipun wontênakên pranatan, bilih wajibipun milih punika dipun têtêpakên. Warganipun Tweede Kamer ingkang cacahipun wontên 100 punika dipun pilih dening tiyang ingkang gadhah hak wajib milih wau, dene warganing Eerste Kamer cacah 50 botên kapilih dening rakyat, ananging dipun pilih dening Provinciale Staten, upami ing ngriki dening para Provincie.

Pangarsaning golongan kêkalih wau, sabên sataun sapisan dipun têtêpakên dening nata.

Mênggah Staten Generaal punika pambikakipun sabên taun, wontên ing wulan Sèptèmbêr, ing dintên Salasa ingkang kaping tiga, ingkang ambikak Sri Ba-

--- [1484] ---

[Grafik]

--- 1485 ---

gendha Kangjêng Sri Maharaja Putri, caranipun wontên sangajênging parêpatan warganipun golongan kalih pisan wau, sarana mawi mêdhar sabda, kados ingkang kacêtha ing gambar, dene isining wêdhar sabda, nyariyosakên wawasan kawontênanipun nagari Walandi lan jajahanipun, ing taun ingkang sampun kapêngkêr, lan ugi rancangan pranatan nagari, ingkang badhe karêmbag ing taun ngajêng wontên ing golongan kalih pisan wau. (dados inggih kados wanci pambikakipun Rad Kawula ing ngriki, ingkang kaping kalih, nanging ingkang ambikak Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral).

Kalanipun parêpatan, sabên tiyang kenging anjênêngi, samantên punika manawi papanipun anyêkapi. Ananging manawi parêpatan punika angrêmbag satunggiling bab ingkang kaanggêp wados, punika pangrêmbagipun mawi katutup, têgêsipun têtiyang ing jawi botên kenging anjênêngi, makatên ugi ing parêpatan wados wau inggih dipun kengingakên adamêl karampungan.

[Grafik]

Ingkang bupati ing Mèstêrkornèlis sakalihan nalika badhe dhatêng parêpatan.

Ing ngriku wontên pranatan, bilih kengingipun adamêl parêpatan, utawi kengingipun adamêl karampungan, punika bilih dipun jênêngi sapalihing satunggal-satunggaling golongan kawêwahan apês-apêsipun warga satunggal malih. Ananging pranatan punika tumindakipun botên patos dipun gatosakên, pangarsaning parêpatan botên tansah nitipriksa punapa para warga ing parêpatan wau sampun anyêkapi kados pranatan ing nginggil. Manawi sampun wancinipun kabikak, saha para warga sampun sami napak astani wontên ing buku, inggih lajêng dipun wiwiti.

Ing ngriki kados botên prêlu kadamêl wawasan ingkang panjang-panjang, kados sampun cêkap samantên kemawon, lan para maos tamtunipun sampun sagêd ambedakakên wontênipun Staten Generaal ing nagari Walandi lan Rad Kawula ing tanah Indhonesiah ngriki.

--- 1486 ---

Bab Kasarasan

Pinanggihing Siyam 20 Dintên.

Mênggahing bôngsa Jawi, tarak brata punika kados sampun manjing dados kasênêngan tuwin dados kalimrahan, têtuladanipun kathah ingkang pinanggih wontên ing cêcariyosan kina, yèn ing jaman purwa pinanggih wontên ing para sinatriya tuwin para êmban linangkung, sadaya wau sami manjing dados pamasuhing badan. Dados mênggahing wos-wosipun, pamasuhing badan wau rinaos sagêd damêl jalaran kadumugèn ing sêdyanipun.

Tarak brata punika mênggahing bôngsa Jawi gampilanipun lajêng kenging dipun wastani siyam, wontên ingkang siyam sabên dintên Sênèn Kêmis, wontên ingkang nglowong botên nêdha sadintên sadalu, sawênèh malih wontên ingkang pati gêni, tuwin sanès-sanèsipun. Dene satunggal-satunggaling siyam wau manjing dados lampah kangge ngiyatakên kêncênging sêdya. Wontên ingkang lèrègipun kangge dhatêng pangasihan, kadigdayan tuwin sanès-sanèsipun.

Satunggal-satunggaling lampah ingkang kados makatên wau, ing ngriki botên sagêd nêmtokakên mênggahing nyataning pikantukipun, dados inggih botên sagêd amastani lêrês utawi lêpat, awit sadaya pinanggihipun namung wontên ing raosipun ingkang nglampahi piyambak. Kados ta kawontênanipun tiyang bôngsa Indhu ingkang nglampahi tarak brata, wontên ingkang namung linggih angacungakên tangan manginggil ngantos wêwulanan, wontên ingkang linggih wontên ing blabag kêbak paku pating cringih, wontên malih ingkang linggih kinubêng ing latu tuwin sanès-sanèsipun. Punika tumrap sawanganing ngakathah ngraos botên wontên sakecanipun babarpisan, nanging tumrap raosipun ingkang nglampahi malah dados kasênêngan, nyatanipun dene dipun lampahi.

Sajatosipun manawi tumrap ingkang nglampahi, punika mênggahing pikantukipun botên prêlu dipun raosakên, awit ing ngriku nama ngudi dhatêng raosing kabatosan. Ing ngriki prêlu badhe nyariyosakên ing bab raos kawontênanipun tiyang siyam, mêndhêt saking tata lair ingkang gêgayutan kalihan kasarasan, kados ing ngandhap punika:

Dr. Margarete Freund dhoktêr èstri ing Berlijn sampun anglampahi siyam laminipun 20 dintên, prêlu badhe nyumêrêpi kadadosaning siyam makatên wau miturut kawruh.

Ing salêbêtipun anglampahi, nyonyah wau sabên dintênipun ingkang dipun têdha namung pêrêsaning jêram pêcêl kêkalih, tanpa gêndhis tanpa toya, lan piyambakipun taksih nglajêngakên nyambutdamêl kados adat. Sasampunipun rampung anggènipun siyam 20 dintên wau, wawratipun suda 8½ kilo. Minggu ingkang kapisan sudaning wawratipun langkung saking 5 kilo, minggu kaping kalih sudanipun 2 kilo langkung, dene minggu ingkang kaping tiga 1½ kilo.

--- 1487 ---

Sarampungipun anggèning siyam, wangsuling wawrat inggih ragi rikat, salêbêtipun 8 minggu wawratipun sampun wangsul kados waunipun malih.

Salêbêtipun nyonyah dhoktêr wau siyam, hawa bêntèring badanipun sangsaya suda, suku lan tanganipun dados asrêp lan biru, makatên ugi kêtêging ugêl-ugêlipun ugi kêdayan. Manawi nyonyah dhoktêr wau ngaso, kêtêging ugêl-ugêlipun inggih ajêg kemawon, ananging manawi nindakakên rêkaos sakêdhik kemawon, lampahing kêtêgipun lajêng rikat sangêt.

Nyonyah dhoktêr nyariyosakên mênggahing panyobanipun wau, ing dintên sakawit dumugi tigang dintênipun sae kemawon, ananging kawan dintênipun, piyambakipun lajêng dados sakit utawi tansah gumêtêr kemawon, kala punika nyonyah dhoktêr botên karaos luwe babarpisan, malah manawi kèngêtan nêdha kemawon raosipun sampun munêk-munêk. Ing sadèrèngipun nyambutdamêl, nyonyah wau angicalakên rumiyin raosing aras-arasên, lan anggèning ngebahakên badanipun sakêdhik sangêt, ingkang tanpa kajarag. Ananging sarêng anggènipun siyam wau sampun jangkêp kalih dasa dintên, kawontênaning nyonyah wau kados sawau-waunipun malih.

Sasampunipun rampung anggènipun siyam, miturut pamanggihipun nyonyah dhoktêr ing salêbêtipun siyam, nêrangakên: bilih siyam punika sagêd anjalari badan ingkang saras sagêd dados lêmês, lan badan ingkang botên saras, wêwah sakit bageaning badan ingkang sampun sakit. Kajawi punika pirantos-pirantosing badan, wontên salêbêting kawontênan ingkang sagêd anggampilakên kataman ing sêsakit warni-warni.

Ing wusana andharan ing nginggil punika namung kasumanggakakên dhatêng para maos.

Ekonomi

Gramèh.

Gramèh punika bangsaning ulam ingahan ingkang agêng piyambak, ingah-ingahanipun gampil tur botên patos apêsan. Wontên ing toya mambêg inggih purun gêsang. Nanging dangu mindhak-mindhakipun agêng. Para luhur asring ngingah ulam punika wontên ing patamananipun kagêm kalangênan. Têdhanipun ingkang prasaja kados ta: dhêdhak, sêkul lan sanès-sanèsipun. Yèn murih lêmanipun lan suburipun kêdah katêdhanan bungkil kacang. Kala-kala kêdah dipun sukani gêgodhongan, kados ta: godhong pohung, lumbu lan sanès-sanèsipun. Tiyang èwêt-èwêt asring pados gramèh kangge ulam, awit tumrap wontên ing rampadan dhêdhaharan pasugataning tamu kêtingal mungguh tur pancèn miraos, pramila ugi kalêbêt dhêdhaharaning para luhur. Kajawi punika gramèh makatên wontên jasat-jasatipun ingkang nama eiwit ingkang migunani tumraping badan, awit ulam loh sampun kapirsa ing para sagêd kathah eiwit tipun.

Padamêlan ngingah gramèh makatên kenging kasambi nyambutdamêl [nyambu...]

--- 1488 ---

[...tdamêl] sanèsipun. Ewasamantên bilih dipun santosani inggih sagêd dados poking panggêsangan. Ingkang langkung kasil malih yèn karangkêp nêtêsakên. Yèn kaprêdi gramèh umur sataun ugi sampun kenging kaalap, ananging punika taksih nama kasêsa, awit sawêg pangaos gangsal kêthipan. Ingkang sae kêdah kasrantosakên ngantos umur tiga utawi sakawan taunan punika sampun botên kêtanggêlan, satunggal-tunggalipun sagêd pangaos sakawan rupiyah malah kapara langkung. Wêkdal punika sampun wontên ingkang nigan. Bab punika sagêd kasumêrêpan wontên ing susuhipun. Anggènipun sami nigan ngrêmênakên, awit gilir kacang, botên byuh sêsarêngan kados ulam sanès-sanèsipun. Ing ngriku sawêg sagêd ngraosakên kauntunganing ngingah gramèh. Mèh sabên dintên sagêd tampi arta pêpajêngan panyade tigan utawi ulam têtêsan. Sadèrèngipun dumugi samantên anggèning ngajêng-ajêng kasil pancèn kraos nyamut-nyamut. Yèn botên katêtêsakên piyambak kasade tigan ugi pajêng. Katêbasakên susuhan, ing sasusuh-susuhipun sagêd pajêng tigang rupiyah. Dene cacahing tigan yèn kawicala botên kirang saking: 3000. Yèn kasade têtêsanipun ing sèwunipun sagêd pajêng 4 rupiyah. Ingkang pajêng samantên punika ingkang umur sawulan. Yèn umur kalih wulan ugi sagêd langkung pangaosipun. Punika sampun sae kaingah wontên ing blumbang.

Yèn gramèh wau sampun wiwit laki, bibitan asring nginthil jalêranipun. Ingkang gadhah kêdah andèkèka suwir-suwiran dêbog, êduk lan sanès-sanèsipun wontên ing pinggir blumbang. Ing mangsanipun badhe nigan wuh-wuh punika dipun sarab dening ulam kabêkta mlêbêt ing toya lan kadamêl susuhipun. Gramèh punika paniganipun mèh kados ayam, inggih punika rambah-rambahanipun kasasapan uwuh, punika ingkang prêlu kabucalan. Yèn botên kabucalan dados jalaran awoning têtêsan inggih punika kêmlêkêrên, awit têtêsan sami kagubêt ing sasap wau. Pramila kathah ingkang ngudaraos: gramèh punika niganipun kathah nanging nêtêsipun sakêdhik. Sampun kantênan têtêsanipun awon, awit: nêtêsakên wontên ing blumbanging bibitan, tiganipun sami kabuntêl rêrêgêd, ingkang jalaran saking polahing ulam-ulam sadaya tur toyanipun kirang bêntèr. Ingkang dipun têtêsakên ing papan ingkang prayogi, inggih punika ing papan sanèsipun ingkang cèthèk-cèthèk, panêtêsipun sae, awit daya soroting srêngenge ingkang tumama ing tigan-tigan mahanani bêntèr ingkang kados ing êngrêman. Pramila nêtêsakên wontên ing lalahan punika ingkang sae piyambak. Sasampuning nêtês têtêdhan ing ngriku cêkap humus pramila ulam alit-alit wau salêbêtipun kalih wulan kemawon sampun kêtingal mindhak-mindhakipun agêng. Rèhning wontên ing lalahan botên sagêd dangu awit kasêngka ing panggaraping tanêman, pramila lajêng sami kaêlih wontên ing blumbang.

Dumugi samantên cuthêling andharan kula, pun:

Sumadi,

Mantri kewan, Purwakêrta.

--- 1489 ---

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

Toko Triplex ing Surabaya, dipun gigat dening Behn Meyer & Co. Steinhardt en Knufman tuwin Ehrenpreis ugi sami ing Surabaya, jalaran kadakwa sade plat gramopun palsu mèrêk Beka, Odeon sarta Polyphoon. Pulisi sampun ambêskup ingkang mèrêk Odeon 3 pêthi, Polyphoon 3 pêthi.

Jalaran saking kuwatosing lampahipun kapal J.C.J.L. dipun bajag wontên ing margi, ing sapunika lampahing kapal wau mawi dipun kanthèni pulisi asikêp dêdamêl jangkêp, cacah 12 dipun tindhihi ing ondêr upsir.

Asistèn wadana ing Pengalengan, Bandhung, mêntas nyêpêng tiyang nama Mirta kalihan Minta, sami kadakwa ambayar têtumbasan dhatêng toko Laij Yoen Pin mawi arta marêk rêgi 1000.

Jalaran saking sudaning têtiyang ingkang sami numpak sêpur èsprès ing Jawi Wetan, ing sapunika wontêning gêrbong sêpur èsprès Surabaya Bandhung namung dipun dèkèki sakawan.

Tatanan lampahing layaran anggêgana K.I.L. Mij ing sadèrèngipun tumindak ingkang dhatêng Surabaya, makatên: pangkat saking Batawi jam 4.30 sontên, dumugi Bandhung jam 5.15 sontên. Pangkat saking Bandhung jam 7 enjing dumugi Batawi jam 7.50 enjing. Pangkat saking Batawi jam 7 enjing dumugi Sêmarang jam 9.40, pangkat saking Sêmarang jam 4.15 sontên, dumugi Batawi jam 5.15 sontên.

Sawênèhing kaji ing kampung Hadiwinatan, Ngayogya, misuwur dados dhukun sagêd anjampèni sawarnining sêsakit, sarana mawi ngêningakên cipta dipun kurungi barukut saha dipun kutugi, mangke lajêng sagêd mêca punapa ingkang badhe dados jampinipun tiyang ingkang sakit. Satunggiling dintên kaji wau dipun têdhani jampi ing tiyang, salêbêtipun dipun kurungi cariyos sampun dipun bikak rumiyin, ing sadèrèngipun nêdha kabikak, ngantos tigang jam botên kêmirêngan suka sasmita, saha ing ngriku kêmirêngan suwara sêsênggoran. Wusana sarêng kabikak, kaji sampun pêjah, jalaran kêplêpêgên.

Para guru pamulangan Muhamadiyah ing Surabaya sami mogok, jalaran saking pasulayan pamanggih kalihan bêstiring pamulangan, pangajaran lajêng dipun tindakakên ing guru sanès.

Pamêlikan intên ing Borneo sampun kathah sudaning cacahipun, sapunika namung kantun saubênging Martapura, ing dalêm sataun sagêd ngêdalakên asil f 25.000.

Pakêmpalan Jong Java ing Batawi badhe damêl pêkên darma manggèn ing griya setan. Angsal-angsalanipun rêsik badhe kadarmakakên dhatêng Jong-Java-Studiefonds, klinik Muhamadiyah, klinik tiyang gadhah anak, ingkang dipun dêgakên dening Dr. Knoch, ponsêkolah B.O. tuwin Inl. Studenten fonds. Kajawi sadhiya dhêdhaharan tuwin unjuk-unjukan, ugi mitongtonakên barang kagunan yasanipun para wanita, mawi têtingalan cariyos pêjahipun Trunajaya.

Suraosing sirkulèr Veeartsenijkundigen dienst, tiyang ingkang botên purun nyingkirakên rajakayanipun ingkang kakintên nandhang sakit tubèrkulosê, badhe dipun pêksa kêdah nyukani palilah dhatêng pakaryan wau nyingkirakên rajakayanipun, kanthi waragadipun ingkang gadhah piyambak. Bab punika dhoktêr kewan ing Surabaya kanthi pambiyantuning pèl pulisi mêntas dhatêng ing papan pamiyaran lêmbu nama Landbouw badhe mriksa, ingkang gadhah ngalang-alangi, nanging mêksa katindakakên. Ing sapunika ingkang gadhah macak atur konjuk dhatêng kangjêng tuwan ingkang wicaksana, botên narimahakên anggèning dhoktêr kewan tuwin residhèn gadhah tindak kados makatên.

Saking golongan kiwa ing Rad Kawula, nêdhêng ihtiyar kêncêng, supados Dhoktêr Cipta Mangunkusuma dipun pindhah saking Bandhah dhatêng Batawi, supados botên makèwêdakên anggèning Dhoktêr Cipta kapilih dados warga Rad Kawula, Tuwan Stokvis ugi anyondhongi bab punika. Ananging pamarentah têtêp botên badhe angewahi papan panggenanipun Dhoktêr Cipta.

Poliklinik P.K.O. ing Ngayogya badhe dipun tutup, jalaran saking pasulayaning pamanggihing pakêmpalan ingkang sami ngadani, inggih punika P.S.I. kalihan Muhamadiyah, dene wosing jalaranipun, Muhamadiyah nyondhongi angsalipun subsudhi saking pamarentah, nanging P.S.I. botên.

Wontên jurnalis kêkalih ingkang kaparêngakên ing parentah malêbêt dhatêng Dhigul, ingkang satunggal nama Nyonyah van Boecop, mênggah prêlunipun badhe kangge wontên ing satunggiling sêrat kabar ing nagari Walandi.

Ing Cikampèk mêntas wontên jawah angin agêng, griya bioskup dalah saprabotipun sirna katêmpuh ing angin, griya-griya S.S. kêrisakan, sèng-sèng payoning griya S.S. ingkang sawêg dipun damêl sami kabur, kathah kêkajêngan sapinggiring margi sami ambruk. Ing kabudidayan Cisêlang wontên wit karèt 500 risak, kathah ingkang rungkat.

--- 1490 ---

Pambantu Kajawèn ing Surakarta kintun pakabaran. Sawatawis dintên punika wontên bôngsa Tionghwa ing Magêlang, ngunjukakên kalapa ingkang dipun rimati langkung 100 taun dhatêng ingkang sinuhun ing Surakarta, kacariyos kalapa wau asli têtilaran saking lêluhuripun, dipun anggêp kados jimat.

Tuwan Atmajakusuma, dipun paringi sumêrêp ing parentah, bilih anggèning piyambakipun wontên ing Bali adamêl kirang prayogi. Ing sapunika tuwan wau wangsul dhatêng tanah Jawi saking kajêngipun piyambak.

Ing bab badhe nyatunggalakên Mèstêrkornèlis kalihan Batawi, dipun duwa ing golongan têtiyang Mèstêrkornèlis, mawi angwontênakên arak-arakan, ingkang mujudakên botên panujuning ada-ada wau, saha ngawontênakên sêsêratan-sêsêratan warni-warni, ingkang suraosipun ugi makatên.

Benjing wulan Dhesèmbêr badhe wontên kuli 500 kaangkatakên dhatêng Nieuw Caledonie, dados salêbêtipun taun punika sampun wontên tiyang 1000 ingkang kakintunakên mrika. Kuli-kuli wau ingkang kathah têtiyang Jawi, saha katrêmipun wontên ing ngrika saking kajêngipun piyambak.

Wontên pawartos, wiwit benjing tanggal 1 Januari ngajêng punika badhe wontên pranatan enggal tumrap balanjaning para guru dhusun ingkang kabayar saking kas kasultanan ing Ngayogya, sagêd ugi wontêning ewah-ewahan wau atêgês nyaèni balanjaning para guru.

Dhirèktur pangajaran aparing katrangan dhatêng komite ingkang badhe ngêdêgakên pamulangan Mulo ing Bantên, bilih sabab saking kiranging guru tuwin ing bab arta, ing sapunika dèrèng sagêd marêngakên ngêdêgakên pamulangan Mulo ing Bantên. Ing bab punika ugi gêgayutan kalihan pamanggihipun residhèn Bantên tuwin insêpèktur pamulangan Mulo.

Pursitêr pakêmpalan Kweekschool-bond cabang Cêpu, salah satunggiling bêstir cabang P.N.S. propagandhis S.G.B. tuwin salah satunggiling lid H.K.S. badhe sêsarêngan dhatêng Blora, prêlu badhe pados rekadaya murih ing Blora wontên cabang Persatoean Goeroe Hindia.

Tuwan tanah ing Citorup, Jawi Kilèn, nalika badhe ngajal amasrahakên tèstamèn dhatêng wiskamêr, isi cathêtan namaning para punggawanipun, supados samôngsa sitinipun kapundhut dhatêng gupêrmèn, dipun sadhiyanana arta f 20.000.- saha kabagea dhatêng para punggawanipun undha-usuk kados ingkang sampun kacathêt wontên ing sêrat wau. Sawatawis dintên punika wiskamêr wiwit nindakakên ing saprêlunipun. Wontên satunggiling jongos, ingkang nyambut damêlipun wontên ing ngriku sampun 25 taun, tampi ganjaran f 1000.- samôngsa siti wau sampun kapundhut ing gupêrmèn.

Awit saking panêdhanipun jurnalis Asiah, tuwan mistêr Ali Sastraamijaya dipun aturi sêsorah kawontênanipun jurnalis ing Eropah, tuwin tèntunsêtèling sêrat kabar ing Jêrman, manggènipun wontên ing kamarbolah Tionghwa.

Mr. E.V. Andreine satunggiling amtênar dhistrik ing gupêrmèn Sarawak, manggihakên barang elok wontên sapucaking rêdi ing wêwêngkon Borneo nginggil. Nalika tuwan wau lumampah dharat angsal lampahan 35 dintên, dumugi watêsing Sarawak kalihan bawah Walandi, ing ngriku dipun dunungi ing bôngsa Klêbit. Wontên ing pucaking rêdi manggih sela pèngêtan wontên sêratanipun Tionghwa mungêl Sum Peng, inggih punika asmaning satunggiling nata kintên-kintên wontên ing taun 1375, ingkang ambawahakên nagari Brune. Kajawi punika wontên pèngêtan sanès-sanèsipun, nanging sanès aksara Tionghwa, dèrèng kasumêrêpan têgêsipun, barang wau sapunika kakintunakên dhatêng tanah Jawi, lan taksih sanès-sanèsipun malih.

Ing sakubênging papan wau pinanggih tilas-tilasing bètèng, lan ugi manggih rêca-rêca sairib rêca Buda. Mirid kawontênan wau, ing Borneo punika dados sampun nate wontên nata ingkang mêngku paprentahan, wusana lajêng kêsuk. Lan miturut cariyos Sum Peng, ing Brune wontên kithanipun isi tiyang 150.000.

Wangsulan saking Administrasi.

Lêngganan nomêr 2512 ing Porong. Pos wisêl f 1.50 punika ingkang f 0.50 kangge mundhuti tunggakan wulan Juli. Dene ingkang f 1.- tumrap wulan Nopèmbêr saha Dhesèmbêr ngajêng punika. Kajawèn wulan Agustus dumugi wulan Oktobêr punika sampun botên urut, amila botên sagêd-sagêd ngaturakên. Benjing malih sampun katalompèn ngintunakên yatra lêngganan, mindhak kacuwan panggalih panjênêngan.

Tuwan S. Wiryana ing Surakarta. Pamundhut panjênêngan lêngganan malih kalih iji kêdah kabayar rumiyin. kalihan malih manawi kintun sêrat sampun kadadosakên satunggal, kêdah dipun ngalamati piyambak-piyambak.

Lêngganan nomêr 975 ing Sudimara, Pacitan. Poswisêl f 1.50 sampun katampi. Rèhning botên paring priksa bab pindhah, dados ngalamating Kajawèn ajêg dhatêng Têgalômba. Nyuwun priksa kajawèn nomêr pintên ingkang botên tampi.

Lêngganan nomêr 3379 ing Wanadadi (Butuh). Kajawèn tansah ajêg pisowanipun. Gumun dene botên dumugi. Lintunipun (No. 81-85) sampun kakintunakên.

Lêngganan nomêr 35 Surakarta. Poswisêl f 2.25 sampun katampi. Ingkang f 1.12½ tumrap kwartal 2 taun 1929 ingkang f 1.12½ malih kangge kwartal 3, ugi taun 1929. Kawuningana.

--- 1491 ---

Wêwaosan

Sêrat Jaka Pitutur.

Anggitanipun Mas Prawirasumarja ing Surakarta

6

Radèn Adicôndra satampining wartos punika sumaput sanalika, salajêngipun anggèning nangis ngantos sadalu muput, wusana lajêng ngênglêng kados tiyang ewah ngantos sawatawis wulan laminipun, anjalari ngantos kaundur saking kapriyantunanipun. Sasampunipun makatên, Radèn Adicôndra dalah Wahyuni lajêng sami mantuk dhatêng Kauman, Banyumas, tumut nunggil sagriya kalihan Bok Prabakartika.

Ing satunggiling dintên, Bok Prabakartika dipun undang dening nyonyah sêtatir pabrik Sukaraja, prêlu dipun ajak nêdha eca sarta kapurih ningali têtingalan, sabab ing pabrik Sukaraja badhe wiwit giling mawi dipun wontêni kramean agêng, têtingalan warni-warni, mila Bok Prabakartika dipun undang, kajawi sampun têpang sae ugi dados lêngganan pabrik, bab sade tinumbas tètès tuwin gêndhis ingkang sampun botên kangge.

Ing wanci enjing Bok Prabakartika pangkat saking griya, wontên margi kêsarêngan kalihan para sudagar tuwin para pangagêng Jawi, Walandi sarta para tuwan partikêlir, sadaya sami dhatêng ing pabrik Sukaraja. Kramean sampun wiwit kabikak, têtiyang ingkang sami ningali tanpa wicalan kathahipun, makatên ugi mêsin pabrik ugi wiwit kalampahakên. Tuwan dalah nyonyah sêtatir kadhèrèkakên Bok Prabakartika sami mlampah-mlampah ningali mêsin, sarêng lampahipun dumugi ing sacêlaking rodha untu walang ingkang agêng, dilalah Bok Prabakartika kirang pangatos-atos anggèning lumampah, kaplèsèd dhawah, suku lumêbêt ing rodha agêng têrus anggilês badanipun, mumut kados bubur, nalika dipun kukup namung kantun dados sakranjang alit, lah kados makatên ukumipun tiyang ingkang botên jujur manahipun.

Ing dintên wau têtiyang sakukubaning pabrik pating blulung botên kantênan. Wahyuni nyumêrêpi kawontênan punika tansah dados rêrêjêngan, sakêdhap-kêdhap botên èngêt. Ing wanci jam 5 sontên jisimipun Bok Prabakartika sasampunipun kapriksa dening dhoktêr lajêng kakubur.

Gêntos cariyos lampahipun Sri Têmon, sakesahipun saking griya kalunta-lunta anjog ing lèpèn Praga, kèndêl thênguk-thênguk ing pinggir lèpèn, ngungak-ungak kiwa têngên sêpên botên wontên tiyang jêmamut, raosing manahipun susah sangêt, pisah anak bojo ingkang dados gantilaning manah, tanpa prakawis. Sanalika ical kasabaranipun lajêng anggêbyur dhatêng têngahing lèpèn ingkang toyanipun pinuju agêng, Sri Têmon dados bangke lembak-lembak kèli ing têngahing lèpèn.

Ing ngandhap lêt sapambalang saking nginggil, wontên tiyang jalêr badhe anjala, sawêg miwir jalanipun wontên ing pinggir lèpèn, dumadakan sumêrêp ing têngah lèpèn wontên bangke kèli, tukang jala botên mawi pikiran panjang lajêng anggêbyuri nêdya têtulung, bangke kenging kacandhangkacandhak. lajêng kabêkta minggir, sasagêd-sagêd kaupakara sacaraning tiyang kabêlabak, enggaling cariyos, sarèhning Sri Têmon anggèning ngombe toya dèrèng kathah, wêkasan sagêd wangsul gêsang malih, namung badanipun labêt kaupakara wau karaos anjarêm, salajêngipun kabêkta mantuk dhatêng ing griyanipun tukang jala, wontên ngriku dipun gumatosi dening semahipun tukang jala, dipun pijêti, dipun parêmi sarta kapurih tilêm ingkang sakeca.

Sri Têmon nyathêt salêbêting manah, bilih awakipun dèrèng kenging nglampahi pêjah, pasêksènipun mokal upami gêsanga malih, awit nalika anggêbyur dhatêng têngahing lèpèn, cêtha sêpên botên wontên tiyang ingkang kumliwir sarta malih toyanipun pinuju sawêg agêng-agêngipun. Ingkang punika pêpuntoning manah sumêdya badhe nglampahi gêsang kanthi sabaring manah, mila sasagêd-sagêd anggèning sakit punika kaudi tumuntên sagêda enggal saras, lajêng sagêd kesah saking ngriku botên dados pitakenan sababing kèli, sarta kupingipun sampun ngantos mirêng rêmbag punapa-punapa ingkang damêl kirang sênênging manah. Sri Têmon wontên ing ngriku tigang dintên badanipun sampun saras blas.

Ing wanci enjing Sri Têmon pamit dhatêng tukang jala jalêr èstri sumêdya kesah saking ngriku, sarèhning botên gadhah arta, tindhikipun barliyan ingkang dipun angge dipun sukakakên dhatêng tukang jala, kangge lintu karugianipun anggèning ngopèni dhatêng badanipun. Tukang jala jalêr èstri sakalangkung bingahipun, amargi tindhik punika aosipun kintên-kintên langkung tigang atus rupiyah, mila lajêng tuwuh manahipun sumêdya ngêtêr sapurugipun, nanging lajêng dipun pênggak dening Sri Têmon.

Sri Têmon lampahipun kalunta-lunta dumugi ing kitha Ngayogyakarta, [Ngayogyakar...]

--- 1492 ---

[...ta,] anjujug ing griya pamulasaran puliklinik, nyuwun padamêlan dhatêng nyonyah dhoktêr, katampèn, kadadosakên juru ngladosi tiyang sakit, sêdyanipun ngiras pantês badhe sinau dados dhukun bayi. Enggaling cariyos salêbêtipun sinau wontên ing ngriku ing dalêm kawan taun, sampun kathah kasagêdanipun, nyonyah dhoktêr ingkang paring piwulang sakalangkung bingah, sarta gadhah tancêp asih, saking asihipun ngantos dipun pitados andhêpani sadaya padamêlan ing ngriku.

Ing satunggiling dintên ing pamulasaran ngriku kadhatêngan prayantun putri garwanipun Radèn Mas Padmasari wadana guru ing Madiun, prayantun putri wau sumêdya anjampèkakên sakitipun. Pamanggihipun dhoktêr, sakitipun wau sampun kasèp, mila kêdah kajagi yêktos. Sri Têmon, ing dintên wau pinuju jagi, matur dhumatêng Radèn Mas Padmasari, têmbungipun: Garwa panjênêngan mugi angsal pitulung. Ing dintên punika mangke dumugi sontên, ingkang anjagi kula. Radèn Mas Padmasari mirêng pratelan punika botên sagêd mangsuli, namung manthuk kemawon, ing wusana sarêng kèndêl jam 5 sontên, dumadakan prayantun putri wau sakitipun sangêt, Sri Têmon enggal-enggal lapur dhatêng nyonyah dhoktêr, sanalika sami bikut ribut têtulung, nanging mêksa tanpa damêl, wanci jam 8 sontên, prayantun putri punika lajêng ajal. Radèn Mas Padmasari dalah putranipun èstri ingkang sawêg ngumur 6 taun, nama Radèn Ajêng Sitisari sami rawuh ing ngriku, enjingipun jisim lajêng kakubur.

Lêt sawatawis wulan, nuju satunggiling dintên Sri Têmon dipun undang dening nyonyah dhoktêr wontên ing kamar piyambakan. Ngandikanipun: Sri Têmon, iki kowe tômpa layang saka Radèn Mas Padmasari, iku kowe duwe karêp apa, aku ora sênêng yèn ana wong duwe polah ala.

Sri Têmon: Kula botên gadhah pikajêng punapa-punapa kula tampi sêrat rambah kaping tiga malah kaping sakawan punika, nanging tansah botên kula wangsuli, manawi nyonyah kirang pitados, sêrat punika mugi kabikaka, mangke aran nêdha wangsulan sêrat ingkang rumiyin.

Nyonyah dhoktêr sasampunipun maos sêrat, bênêr kowe Sri Têmon, mung sabab apadene kowe arêp digarwa têka ora gêlêm nglakoni, môngka mungguhing sêsurupanku radèn mas kae atine bêcik, bêbudène alus, tatakramane ganêp, saora-orane wadana guru mêsthi wêruh lan ngrêti mênyang kasusilan, dhasar isih ênom duwe balônja gêdhe, kowe arêp golèk apa manèh.

Sri Têmon: Sadaya punika botên kalêbêt ing manah kula, kula sampun jinja botên niyat imah-imah, rumiyin kula sampun imah-imah, wusana lajêng pisah tanpa prakawis, punika anjarêm ing manah kula dumugi sapunika dèrèng mantun, upami kula purun imah-imah, ingkang kula padosi tiyang ingkang rêmên sarta trêsna dhatêng kula, namung punika ingkang kula manah.

Nyonyah dhoktêr: Panêmumu iku bênêr, wong lanang iku sing akèh dhêmêne mênyang sing wadon yèn isih anyar, yèn uwis suwe panganggêpe dipadhakake barang lawas, iku têtela ora bêcik, ewadene sarèhning Radèn Mas Padmasari iku guru, kawruhe mêsthi dhuwur lan jêmbar, bokmanawa ngrêti marang kamanungsan, bisa nêtêpi kaya kandhamu iku, mula coba tak undange tak ajake rêrêmbugan.

Radèn Mas Padmasari saèstu sampun dipun ajak rêrêmbagan dening nyonyah dhoktêr, lan sadaya pikajêngipun Sri Têmon sampun dipun sagahi dening Radèn Mas Padmasari, malah sasagêd-sagêd badhe dipun ungkuli susêtyanipun salakirabi, mila ringkêsanipun Sri Têmon saèstu kapêndhêt kadadosakên garwa, sarta lajêng kaboyong dhatêng Madiun. Sri Têmon manahipun têntrêm, sabab watêk sarta kalakuanipun Radèn Mas Padmasari angungkuli alus lan saenipun tinimbang Radèn Adicôndra.

Gêntos kocapa Radèn Suryawardaya jalêr èstri wontên ing Ngayogyakarta botên antawis lami lajêng sami minggah kaji dhatêng Mêkah, nalika badhe mantuk dhatêng tanah Jawi, wontên ing palabuhan Jedah kêpanggih Radèn Purnama, sakalih-kalihipun sami kagèt sarta sami bingahipun, sasampunipun bage-binage kawilujêngan, lajêng sami omong-omong.

Radèn Purnama: Sapunika kula dados komisbum wontên ing palabuhan Jedah ngriki, sapriki sampun kalih taun punika, samirêng kula lêlampahanipun Sri Têmon kalihan Adicôndra nalika samantên, saking jèngkèling manah kula, kula lajêng nêdha pindhah panggenan, wusana kula kapindhah wontên ngriki punika.

Radèn Suryawardaya: Kula samantên ugi lajêng nêdha mêdal saking pabrik Sukaraja pindhah dhatêng Ngayogyakarta. Sri Têmon lolos saking griya Sukaraja botên kantênan purugipun, anggèn kula madosi ngantos munyêt, ewadene mêksa botên sagêd pinanggih, dene Sudarsana miturut cariyosipun Bok Prabakartika sampun pêjah kenging sêsakit kolerah, punika sampun nate kula nyatakakên, kula pados katrangan dhatêng Kauman, Banyumas, ewadene mêksa tanpa lari, têgêsipun sadangunipun Sudarsana wontên ing ngriku botên wontên punapa-punapa, malah Bok Prabakartika wartosipun sampun ajal kêgilês rodha. Mayitipun mumut.

Radèn Purnama: Pamirêng kula inggih makatên, amargi Adicôndra mêntas kintun sêrat dhatêng kula mratelakakên, kajawi marasêpuh, bojonipun ingkang nama Wahyuni ugi sampun ajal jalaran manak, sapunika piyambakipun nyudagar nanging tansah kapitunan, bôndha têtilaranipun Bok Prabakartika susutipun kathah, mila piduwungipun sangêt anggèning mêgat dhatêng Sri Têmon rumiyin.

(Badhe kasambêtan).

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]