Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-11, #1643

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1928, #1643
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-01, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #373.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-02, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #374.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-03, #1643 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #375.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-04, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #376.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-05, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #377.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-06, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #378.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-07, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #379.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-08, #1643 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #380.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-09, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #381.
10.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-10, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #382.
11.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-11, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #383.
12.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-12, #1643 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #384.

Ôngka 88, 19 Jumadilawal Taun Alip 1859, 3 Nopèmbêr 1928, Taun III.

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1509] ---

Ôngka 88, 19 Jumadilawal taun Alip 1859, 3 Nopèmbêr 1928, Taun III.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Ing Plorês

[Grafik]

Sumôngga para maos manggaliha piyambak, mriksanana gambar ing nginggil punika, ingkang pating krêthap pêthak-pêthak punika margi.

--- 1510 ---

Raos Jawi

Tuwuh tuwin Tumujuning Pikajêngan.

Badanipun manungsa wontên peranganipun ingkang aosipun agêng sangêt ngungkuli perangan sanès-sanèsipun, inggih punika pôncadriya.

Pôncadriya kêdadosan saking perangan gangsal warni, 1. paningal, 2. pamirêng, 3. panggônda, 4. pangraosing ilat, 5. pangraosing daging. Sadaya sagêd anglêbêtakên kanthaning barang ingkang mujudakên gambaring angên-angên. Gagasan ing pangangên-angên sagêd ngebahakên raosing manah ingkang lajêng nuwuhakên pikajêngan.

1. mripat sumêrêp gêbyaring wêwarnèn ingkang mencutakên. Ing pangangên-angên tuwuh gagasan warni-warni ingkang nênangi raosing manah. Sakala manah mulung dhatêng endahing gêbyar kasarêngan tuwuhipun pikajêngan badhe andarbèni wêwarnèn wau.

2. kuping mirêngakên swara ingkang nganyutakên. Swara wau nuwuhakên gagasan ingkang damêl kêjoting manah. Ebahing manah gêntos anjalari wontênipun pikajêngan badhe ngêmat-êmatakên ecaning pamirêng.

3. irung kenging gandanipun ambêt ingkang amrik arum ngambar-ambar. Gambaripun barang ingkang mawa gônda arum wau cumêtha ing pangangên-angên mujudakên gagasan. Margi gagasan punika, manah kraos ebah. Kêjoting batos numusakên pikajêngan badhe nyakêti utawi anggadhahi barang wau.

4. ilat kenging raosing gurih. Gagasan ingkang wontên ing pangangên-angên ngemutakên dhatêng têtêdhan ingkang nunggil raos. Wasana ing manah mêdal pêpenginanipun ingkang ngwontênakên pikajêngan badhe ngraosakên têtêdhan ingkang nunggil raos wau.

5. badan kraos arip, lêsu, lungkrah tuwin aras-arasên. Gagasanipun lajêng ambèn ginêlaran lèmèk alus, katumpangan bantal êmpuk, manahipun kêpengin tilêman. Sakala wontên pikajêngan badhe ngasokakên badan.

Tuwuhipun pikajêngan punika kasababakên raosing manah, ingkang anjalari ebahing manah sagêd andadosakên raos, punika gagasan ing pangangên-angên. Tuwuhing kôntha ing pangangên-angên, margi saking wêwarnèn ingkang mlêbêt, nglangkungi pôncadriya.

Kêrêp kemawon kêlampahan raosing manah bèncèng kalihan budi, jalaran beda nêripun. Raosing manah kêdadosan saking hawa nêpsu, purugipun ngênêr dhatêng kamurkan. Budi saklangkung awas, botên ngrujuki tindak dhatêng piawon, pramila ing batos wontên pôncakara rame. Raosing manah kêdêrêng badhe ngoyak idham-idhamaning aluamah. Budi sarosa ngalang-alangi. Manawi pikajênganipun kêndho, ingkang dipun turut têmtu raosing manah. Pitêdahing budi botên karèwès, wêkasan ngubal-ubal hawa nêpsu.

Pikajêngan sagêd katuntun raosing manah, ugi sagêd dipun kêmudhèni budi. Pikajêngan ingkang anut [anu...]

--- 1511 ---

[...t] raosing manah punika botên têmtu sae, jalaran kalamôngsa raosing manah sagêd cêngkah kalihan pathokaning kasaenan. Anjoging pikajêngan ingkang ngêtutakên raosing manah kados makatên, kenging katêmtokakên lumèrèg dhatêng kalangan awon.

Wangsul pikajêngan ingkang kapadhangan budi, têmtu ngajak murugi karahayon, awit budi mawi nimbang pundi ingkang sae, pundi ingkang awon, budi waskitha botên badhe nuntun pikajêngan kaênêrakên dhatêng tindak maksiyat. Budi wêning nyingkiri ingkang awon, nyakêti ingkang sae. Budi padhang awas dhatêng tujuan sae, mangrêtos lampah ingkang awon. Budi jujur, botên purun nêdha timbanganipun raosing manah, margi rasosing manah kêrêp anjlomprongakên awis-awis kenging kangge gondhelan. Pikajêngan ingkang miturut pitêdahing budi awas, têmtu saenipun.

Milanipun kula sadaya sadèrèngipun nindakakên pikajêngan, kêdah lan wajib nimbang rumiyin. Raosing manah ingkang nuwuhakên pikajêngan, kêdah dipun titi priksa saèstu, cêngkah kalihan pitêdahing budi punapa botên, manawi pinanggih botên salaras kalihan budi waspada, pikajêngan kêdah pinêpêg.

Wontên ugi pikajêngan ingkang kagiring budi tuwin raosing manah. Padhanging budi gumêbyar sumorot, nylorongi musthika ingkang karêgêm ing kautamèn. Raosing manah kumêjot nuwuhakên raos katrêsnan. Pikajêngan ingkang lairipun saking katrêsnan sarta katuntun padhanging budi, lampahipun ngênêr dhatêng tujuan utami. Upaminipun apikajêng anggayuh dhatêng kasampurnan, jalaran ngênut wêninging budi saha katarik ing katrêsnan dhatêng Pangeran ingkang Maha Luhur. Inggih makatên punika ingkang dipun wastani unggul-ungguling pikajêngan.

Ing kabatosanipun manungsa punika wontên daya kalih warni, ingkang nguwaosi prakawis pikajêngan, inggih punika budi sarta raosing manah. Pikajêngan punika mardika, kenging pasrah dhatêng budi lajêng manut sapitêdahipun, kenging ugi sumarah dhatêng raosing manah, ngladosi sapanêdhanipun.

Budi wêning madhangi margi dhatêng kautamèn, nanging raosing manah dèrèng têmtu ngajak murugi karahayon. Manawi kêjoting manah kêdadosan saking ubaling hawa nêpsu, pungkasaning pikajêngan ingkang ngênut têmtu sangêt anggêgirisi.

Sadaya tiyang ingkang kanggenan budi waspada têmtu sami ngakêni wontênipun pathokaning kasaenan sarta paugêraning kautamèn tuwin anggêring karahayon. Sarèhning kula sadaya sami kadunungan budi ingkang cêkap awasipun kangge ambedakakên awon lan sae, pramila kêdah sami purun ngakêni wontênipun pratingkah awon lan tindak sae. Sanajan pikajêngan punika mardika kenging nampik utawi milih, ewadene ingkang dipun awratakên kêdah ingkang sae, margi kadadosanipun tindak rahayu beda sangêt kalihan wasananipun pratingkah awon. Wohing sae botên sagêd pait raosipun, wohing awon botên sagêd mawa raos ingkang eca. Sae botên sagêd numusakên awon, awon [a...]

--- 1512 ---

[...won] botên sagêd nuwuhakên kasaenan. Awon narik dhatêng karisakan, sae nuntun dhatêng karahayon. Satunggal-satunggaling manungsa punika wajib anjagi wilujênging awakipun piyambak-piyambak, milanipun sampun dumèh pikajêngan punika mardika, lajêng nandukakên pikajêng sakarsa-karsa, punika klintu sangêt. Èngêta pundi ingkang damêl rahayu.

Sarèhning manungsa punika sèkèng, ringkih, dados sanajan mangrêtos rèhing kasusilan, pikajênganipun asring botên anggêga swaraning budi, kalamôngsa anut raosing manah ingkang cêngkah lan budi. Gondhelan budi punika mila sok asring angèl sangêt, ngantêpi pitêdahing budi kadhang-kadhang awrat saèstu, wêkasan pikajêngan nulung dhatêng raosing manah. Botên nama sêpele sagêd ngêkahi rêmbagipun budi, nglirwakakên pangiming-imingipun raosing manah. Sintên ingkang kêndho pikajênganipun têmtu tansah dados gêdibal raosing manah. Sintên ingkang ambatur raosing manah tanpa mrêduli padhanging budi waskitha, nama botên ngênggèni dating manungsa, wasana ngasorakên drajating jalma.

Môngka kêrêp kemawon kêlampahan kula sadaya kêdah anggêga pakèning budi, ngungkurakên raosing manah. Saupami pikajêngan kêndho, pundi ingkang kangge badhe dipun ênut, budi punapa raosing manah. Ingkang têmtu inggih raosing manah punika. Yèn makatên lajêng nama kawon juritipun, anggènipun prang tandhing kalihan badanipun piyambak têtêp kasoran, margi purun dhatêng raosing manah ingkang bèncèng nêripun kalihan budi.

Ingkang nama jatining kaprawiran punika botên têguh timbuling kulit, atosing balung sarta kiyating bayu, nanging kawantêraning pikajêngan kêncêng ingkang sagêd mêpêrakên kakiyatanipun raosing manah, ingkang purun ngiloni budi samôngsa budi kalihan raos manah sami drêdah usrêk-usrêkan margi slencoh ing kêkajêngan. Ingkang sinêbut prajurit prawira punika sajatosipun tiyang ingkang sabên-sabên sagêd mêpêrakên ubaling hawa nêpsu, milaur anut prentahing budi, sanajan kêdah ngurbanakên raga.

Kêncênging pikajêngan punika tumraping agêsang botên kenging kantun. Sintên ingkang sumêdya nglênggahi drajating kamanungsanipun, kêdah kanggenan kêncênging pikajêngan, jalaran tanpa punika manungsa botên kuwawa nanggulang dêrêngipun raosing manah ingkang ngajak nêbihi kautamèn. Para sarjana utawi para winasis punapadene para alim, anggènipun sami sagêd muluk ing sêsêrêpan, kalok kondhang namanipun, sagêd dados kaca brênggalanipun tiyang kathah, punika botên namung jalaran saking landhêpipun pikiran utawi padhanging pandulu, nanging ugi saking kêncênging pikajêngan. Botên wontên malih kajawi kamantêpan utawi santosaning karêp ingkang badhe mitulungi amrih kabuling panjôngka.

Nglêlantih utawi anggêgulang pikajêngan supados kiyat, kêncêng, santosa, mantêp, punika nama prêluning prêlu. Sintên ingkang santosa saèstu pikajênganipun, têmtu sagêd dados janma kinaot. Nanging kadospundi caranipun tiyang anggladhi kiyating pikajêngan.

R.J. Gôndasumarja. Guru H.I.S.

--- 1513 ---

Bab Têtanêman

Jagung Oncèr.

Sanajan wujudipun beda kalihan salimrahing jagung ingkang katanêm ing sabin utawi ing patêgilan, tanêman satunggal punika têtiyang tani sami mastani jagung oncèr utawi jagung canthèl. Kilap punapa sababipun kirang mangrêtos. Malah sawênèh namung nyêbut: canthèl.

[Grafik]

Tanêman canthèl ing bawah Klathèn.

Ing dhusun ngadhusun ugi sampun wontên tiyang sawatawis ingkang sami nanêm, ananging namung kadamêl sambèn utawi kaanggêp namung sak pasrèn tumrap têtanêmanipun ing môngsa usum palawija. Ingkang makatên wau kabêkta saking piyambakipun gadhah pamanggih yèn canthèl punika kirang prêlu katanêm, kajawi saking punika rumaos èwêd pangolahipun, rêkaos pandamêling warni bêrasan. Pramila bab punika kados prêlu kasêrat ing udyana ngriki, ambokbilih sagêd dados wêwahing sêsêrêpan sakêdhik tumrap kônca tani ingkang gadhah panganggêp kados makatên wau.

Ing môngsa katiga utawi rêndhêng jagung oncèr punika tansah sae kemawon katanêm, janji panggaraping siti sampun lêrês, tuwuhipun ugi lêma, malah kangge tumpang sari kalihan kacang brol inggih prayogi. Mênggah wujudipun saèmpêr wulenan pantun, namung kaot agêng tur akas sarta las-lasanipun bundêr, warninipun abrit cêmêng. Yèn sampun dados bêrasan kawastanan: uwos jagung oncèr, manawi kaêdang raosipun eca, kumênyil apulên kados dangdangan wos kêtan, malah kenging dipun damêl tape sarana dipun ragèni ugi saya miraos. Dene yèn namung kaêdang thok sagêd dados gajuling sêkul, pratikêling pangêdang mawi kapususan botên beda kalihan nandangi uwos pantun.

Sapunika badhe nêrangakên bab rekanipun murih anggampilakên panggêntang, inggih punika ingkang dipun wêgahakên dening têtiyang kasêbut nginggil :

--- 1514 ---

Jagung oncèr sasampunipun kaundhuh, sadumugining griya têrus kacêlupa ing toya wedang mumpal-mumpal ingkang sadèrèngipun sampun kasadhiyakakên, bakda kacêlup ing wedang sawatawis mênit têrus kaêpe ing latar, patrapipun kados ngêpe godhong sata (untingan kacanthèl-canthèlakên ing anjang-anjang), punika yèn sampun garing sayêktos gampil pambêbakipun kadadosakên wos. Dados pratikêl makatên wau gênahipun murih gampil kapisah ing dhêdhak kalihan bêrasanipun. Sipat badhe kagêntang kêdah kaêpe rumiyin. Pramila têtiyang tani ingkang sampun kula sumêrêpi, anggènipun sagêd mastani angèl utawi èwêd pangrimatipun wau jalaran dèrèng sumêrêp pratikêl punika.

Dene yèn badhe ngingah kangge wiji kêdah katarang ing sanginggiling pawon, murih tansah kêpêgan, dados botên gampil kambah ing ama bubuk, awit jagung oncèr makatên adhakan ama punika. Mênggahing pananêm ingkang sae punika sarana kagêjig, ing môngsa kalima, mathuk kangge tumpangsari kalihan jagung limrah ing sabin punapa patêgilan, langkung prayogi malih katanêm sapinggiring pagagan, urut pinggir kadamêla sawatawis kêrêp kemawon, punika sagêd dados panulaking angin sawatawis, murih tanêman gaga botên gampil rêbah, awit jagung oncèr punika witipun kalêbêt kiyat. Dene ing gêjigan wau manawi thukulipun katawis angrêmbuyung kathah, sae kabêdhola ingkang kêra-kêra, kakantuna 2 utawi 3 uwit kemawon, mangke sagêd subur tuwuhipun, wohipun mêntês-mêntês.

Ing wasana sanajan bab punika nama namung kawruh sapele, nanging mêksa kula udhokakên, jalaran kula piyambak kêrêp mrangguli kônca tani ingkang dèrèng kenging winical lêrês panindakipun, punapadene ingkang kula udhokakên ing ngriki punika kanthi wêwaton nyipati piyambak. Samantên ugi tansah kasrah sumarah ing karsanipun para pangripta.

Nirasa Niti Atmaja.

Tumpang, Malang.

Panggulawênthah Lare

Watak Sum'ah.

Mênggah têmbung sum'ah wau, piridan saking têmbung Arab, têgêsipun: lumaku dèn rungokna. Tumandukipun sumarambah ing wêwatêkaning manungsa, bilih manungsa, ingkang kalêbêtan watak ingkang kados makatên wau, môngka botên enggal kaudi murih sudanipun, ingkang adhakan namung badhe manggih piduwung ing wingking. Ingkang makatên wau inggih botên gampil anggènipun nyirnakakên. Langkung-langkung tumrapipun lare neneman, ingkang sawêg ambabar ponang sari (birai), wah gampil sangêt tuwuhipun watak ingkang makatên punika, bilih botên santosa imanipun makatên, kenging

--- 1515 ---

katêmtokakên langkung angèl anggènipun badhe ngicali.

Mênggah ingkang dados titikanipun tiyang ingkang radi kandêl sum'ahipun punika makatên: upami nêmbe wontên salêbêting pakêmpalan, môngka ing ngriku lajêng katingal anggènipun sontan-santun gagrag, ingkang sarana nyuwara sora (murih kamirêngan ing akathah) tuwin pasanging sêmu murih kawastanana …. Dados galèthèkipun sadaya ingkang kalairakên wau, awit pasajanipun, nanging ingkang kathah amêngku pikajêng, ingkang ancasipun namung dhatêng pangalêm. Inggih lêrês pangalêm wau badhe ngêtingalakên pasêksèn ingkang dados lêlabêtan utawi kasaenanipun, nanging rak pangalêm ingkang mêdal saking pikajênganipun piyambak, ingkang sarana botên kadamêl-damêl, punika inggih wontên prayopginipun, sarêng pangalêm ingkang tuwuhipun saking pandamêling badan pribadi, saha ingkang katingalakên wau, dèrèng kinantên dados tumujuning manah ingkang dipun ênêr, harak tuwas anggènipun pathênthang-pathênthêng punika. Saminipun tiyang ambalang pêksi, bilih sagêd patitis inggih rumaos karaos sakeca, sarêng manawi lêpat, harak namung badhe manggih kiyu kemawon. Makatên punika wujuding sum'ah ing lesan, sarêng sum'ah ingkang tumrap lageyaning sarira, limrahipun kawastanan pamèr.

Mênggah sum'ah ingkang adhapur pamèr punika makatên, upami nêmbe lumampah, nalika wontên ing panggenan ingkang samun, inggih barès saha kanthi sasakecanipun, sarêng dumugi ing panggenan ingkang andadosakên sêngsêming manahipun, punapa malih upami ing ngriku nêmbe wontên ingkang dados tumujuning manah dhatêng wanita, gragap sinipi anggènipun tata-tata angudi murih sampun kuciwa, ing sakawit lampahipun kêthêthêr-kêthêthêr, sarêng makatên lajêng santun jênggilang-jênggilêng, makatên punika inggih kagolong sum'ah ingkang langkung kasar, ewasamantên inggih sampun kagolong alus, awit pandamêl makatên wau sampun dipun kayang sayêktos, mila botên kawistara. Tuwin malih saking pangraosing manahipun, botên pisan-pisan gadhah pangintên bilih kawiyak dadosipun ingkang sapele punika. Nanging tumraping tiyang ingkang landhêp dhatêng kridhaning sêmu, harak tuwas kaèsêman ing batos.

Mênggah thukuling watêk makatên punika, wiwitipun nalika taksih lare ugi sampun gadhah, kabêkta saking panggulawênthahing tiyang sêpuh kirang mandhês, mila dados tiyang sêpuh punika pancèn agêng têtanggêlanipun. Awit saking punika, mila langkung prayogi nalika taksih lare kaudi murih sampun ngantos katuwuhan ing watak ingkang makatên wau. Jalaranipun punapa, botên sanès, kathah-kathahing tiyang sêpuh wau, bilih anakipun nêmbe gadhah kasagêdan mindhak sakêdhik kemawon, lajêng kasêsa anggènipun ngalêmbana, tuwin katrêsnanipun dipun katingalakên, dados lare manahipun lajêng môngkog agêng, dangu-dangu bilih makatên patrapipun, botên badhe sagêd suda, malah saya wêwah, dumugining diwasa lajêng kaladuk, awit ing ngriku sampun wontên dhêdhasar ingkang makatên.

--- 1516 ---

Mila utaminipun, sanadyan trêsnanipun para sêpuh dhatêng lare wau botên badhe kenging katêbihna, nanging sasagêd-sagêd sampun dipun katingalakên dhatêng lare ingkang dipun dhawahi ing trêsna, mindhak murugakên pêpêtêng dhatêng bêbudèning lare.

Wasana mênggahing andharan kula ing nginggil wau, sampun kagalih nyaruwe dhatêng pratingkah, nanging sajatosipun namung kangge ular-ular dhatêng panyêgahing watak sum'ah.

Nyuwun gung samodra pangaksama.

Kula pun

S. Sukawiyata.

Pamong siswa, Kuwukan, Kudus.

Panglipur Manah

Wilujêng Dumugi 80 Taun.

[Mêgatruh]

Ngalanguting cipta tanpa pêgat tumus / nêrusi rasaning ati / umèngêt ing sanggyanipun / lêlakon kang wus kawuri / maksih cêtha tanpa pêdhot //

kang pinangguh rasaning janma wus sêpuh / kalanira angèngêti / tabêt lêlakon ing dangu / têmah bangkit angênani / ngoncati rasaning kêmpong //

warna-warna kaanan kang wus tinêmu / yèn mèngêt kala prihatin / sêsêging uswa kêwêtu / nyut krasa tumus ing ati / têmah lungguh dhêlog-dhêlog //

yèn umèngêt kala manggih suka nutug / kêwiyak èsêming lathi / kang anggugah rasèng kalbu / kumênyut ngeling-elingi / kadi maksih cakêt katon //

apan kadi ananira kang tinêmu / janma kang wus lalu warsi / ngumur wolung puluh taun / pinanggya prajèng Walandi / têtêp lulus kadang karo //

kang sajuga Cornelis ing aranipun / Carandus ingkang sawiji / jatinira kadang iku / kêmbar kang mèh plêk ing warni / nanging padha lamun adoh //

dahat tutug dènira kêkadang iku / dupi nuju amarêngi / têtêp wolung puluh taun / pêpanggihan kadang kalih / sami angsung karahayon //

samya rapêt traping asta dènnya tundhuk / tabikan têrusing ati / linut ing polatan sarju / kèbêkan rasaning ati / maring sanggyaning lêlakon //

yèn ginagas laku wolung puluh taun / yêkti ngêlangut kapati / marma dupi kalanipun / kadang kêkalih kapanggih / nuju arinira wêton //

pan wus tamtu anggagas lêlakonipun / duk kalane maksih alit / ingêmong ing bapa biyung / tansah ayêm angayomi / angupaya karahayon //

ing salami para kadang tansah kumpul / ngênggoni jaman raywalit /raryalit. tan wêruh ananing butuh / mung kulina sênêng ati / kongsi kêtumanên maton //

dupi antuk rumaganging cipta tuwuh / wiwit kêcakan ngoncati / sarasèng trêsnaning karuh / dening kêsuk ing pamardi / dêdalane dadi uwong //

dyan kêtungkul pamardinira ing kawruh / kang wajib dipun wêruhi / tan liya sadaya iku / mung dadi sarana yêkti / jalaraning kadang pêdhot //

dupi ngambah jamaning diwasa tuhu / mung ngèngêt badan pribadi / kayaparan dadinipun/ [dadi...]

--- 1517 ---

[...nipun/] mrih widadaning pangudi / têtêp ingaranan uwong //

wusing têtêp ingaran wong kang wus ngumur / yèku têtêp anglakoni / ngupadi kaskakayèng idhup /Lebih satu suku kata: ngupadi kaskayèng idhup. mung tansah kêtungkul mligi / gusthi ayuning lêlakon //

saya adoh traping kadang miwah karuh / tan pisan kongsi pinikir / lan wruh rasa cobanipun / têtêping suka myang sêdhih / ingkang lumintu kalakon //

yèn kêpêthuk rasanirèng suka nutug / apan lumrah dènnya lali / saya kêpulêt kêpasuk / rasa kamuktèning ati / tan eling purwaning lakon //

nanging lamun nuju kataman tan sarju / tanapi susah ing ati / saya kalamun kêpanduk / rasaning duhkita jati / nyuting tyas asring kawiyos //

[Grafik]

umèngêt mring kadang tuwin mitra karuh / awit rasanirèng batin / rinasèng antuk bêbêndu / kang môngka marganing eling / tan linglung maring lakon //Kurang satu suku kata: tan linglung maring lêlakon.

pan kadyèku rasaning lêlakon iku / lumaku gilir gumanti / lir tanpa wêkasan tuhu / kang tinêmu jroning urip / mung susah lan karahayon //

dene lamun wus têtêp rasaning kalbu / kêbuka nêdya mêmikir / nglanguting lêlakonipun / jroning wolung dasa warsi / sayêkti kêndho ing batos //

kadi iku janma karo kang winuwus / tuluse dènnya ngrênggani / wus kongsi dangu ngalangut / yêkti tungtum ngrumasani / cakêt marganirèng layon //

èsêmira kawuryan manis kumênyut / dènnya samya kaki-kaki / maksih pinarêngkên kumpul / têmah wèh oyaging ati / ngudi sampurnaning lakon //

yogya emut mring sanggyaning laku luput / dinohna godhaning ati / ywa kongsi anggung kêtutup / tan mèngêt dènnya wus wanci / cakêt dènira murwèng don //

yèn rinaras rasanirèng janma sêpuh / ing kalanira pinanggih / lan janma kang babag umur / kumênyuting tyas katawis / mêmèngêt maring lêlakon //

beda lamun srawungan lan anak putu / tuwuhing tyas mung nganani / mring rasa dadining sêpuh / cukup mulang mituturi / wus tamtu tinrimèng batos //

bêbasane ujaring wong tuwa iku / tumraping para taruni / mung ingalap brêkahipun / mrih sawabe amimbuhi / ing rahayuning pra anom //

marma tuhu janma karo duk [du...]

--- 1518 ---

[...k] kêtêmu / kumêbutira ing ati / kêrasa rasa satuhu / dene tinêmune ugi / lir ngoyag rasaning batos //

nanging tuhu nama aktunantuk.

bagya agung / pantês tinulad linuri / dènnya nêmu bagya nutug / kongsi wolung dasa warsi / aran kumpul kadang katon //antuk.

Jagading Wanita

Lumuh Sêpuh.

Kajênging tiyang punika manawi dipun turutana, utawi purun ngakêni, pancèn botên purun sêpuh. Tiyang ingkang sampun wiwit plêtik-plêtik mêdal uwanipun, lajêng cacapan, purih cêmêng. Tiyang ingkang sampun ompong, lajêng yasa untu palsu, gêlaripun namung murih manawi nglêthak balung supados taksih klêthuk-kalêthuk. Ingkang suda pandulunipun, lajêng ngangge kaca mripat malah brêgas.

Sapunika kantun mrihatosakên ngalunthunging kulit, kadospundi. Puluh-puluh kuwawia mêmamah, awasa pandulunipun, punapadene rambutipun anyambêr lilèn, nanging manawi kulitipun ngalinthing, mêksa ambrêbês mili.

[Grafik]

Sampun kuwatos, sapunika ing Amerikah sampun wontên pirantos kangge ngênèmakên kulit, kados ing gambar. Tiyang ingkang rainipun sampun pating jêngkêrut, manawi dipun trapi pirantos wau, tuwin dipun kukusi dayaning jampi, kulitipun lajêng lumêr malih.

Sanadyan ing ngriki dèrèng wontên, nanging tumrap para kulit ngalinthing sampun ragi ayêm, awit samôngsa ing ngriki wontên, tamtu lajêng andadosakên kulit prêlu.

Nanging sayêktosipun, sadaya punika mawi watês, ingkang sampun tuwuh saking pathokan kodrat. Upaminipun, tiyang ingkang wancinipun birai, punika dipun pênggaka, inggih botên kenging, awit ing ngriku pancèn nuju angênggèni jamanipun wanci birai, nyandhang kêdah brêgas, badan kêdah dipun kisik. Dene ing benjing manawi sampun wancinipun ngambah jaman sêpuh, botên usaha dipun pênggak, inggih badhe nglêpèh piyambak.

Ewadene manawi wontên tiyang sampun sêpuh kêtingal brèsèt, nyandhang ngangge kêdah sarwa sae, tuwin wêdhak pupuripun kêtingal dados pêpaès, punika kajawi ragi marojol, inggih kenging dipun wastani: ora nyêbut.

--- 1519 ---

Rêmbagipun Sêmar, Garèng lan Petruk

Bab Ewah-ewahaning Pangangge.

Sêmar : Wayah, panganggoku anyar kiyi rasane nyang awak, kok le mak srêg kapenak bangêt, ora nyana ora ngimpi, yèn bêsusku iki katêmu tuwa. Nèk aku ngilo, dak sawang-sawang rupaku kiyi kok rada mèmpêr, yèn jumênênga bêndara kolèktur, tur kolèktur sing duwe simpênan dhuwit nyang ngêbang apês-apêse sapuluh èwu rupiyah. Lho, sanajan tuwaa kae, wong tuwa kiyêng, sajake dadi katon barêgas, mungguh, kathik dhèmês. Wayah, pancèn nyata, padha-padha panggawe, ngalêm awake dhewe kuwi mungguhing aku sênêng bangêt, awit yèn ana kuciwane mêsthi tak liwati. Coba, sarèhning wis macak ngene kiyi pantêse iya banjur manggung, e, nganti kaya kutut: èh hêm.

[Grafik]

Bêcik dhewe macak cara Landi / nanging ora tinggal têngêr Jawa / mlipis ikêt-ikêtane / kuncung nyongat mandhuwur / wêwirone salawe sisih / cêkokan mônda-mônda / nadyan tuwa bêsus / sêtèlane êjas bukak / dhasi abang kacune sumlêmpit mingip / rumasa kaya jaka //

E dene ora ana sing nyênggaki / wis ngiras-ngirus tak sênggakane dhewe / kêmbang nanas / kêmbange wong ati panas / siwa-siwa nadyan tiwas / waton bisa nyandhang brêgas / hèh-hèh-hèh / kok nyamlêng rasane //

Bukan main yang sêkarang ini / saya sudhah bisa jadhi Blandha / sêpatunya thiyèt-thiyèt / sapa orang yang tahu / mêsti tidhak ngira sêkali / jika lu guwa Sêmar / sêpêrti yang dhulu / têtapi Sêmar modhelan / tambah lagi barang dhikit bisa not-nit / pèndhèk Sêmar jêmpolan //

E toblas-toblas / nganti kêlepyan yèn aku kiyi wong Jawa / lagi kêsasaban jas calana bae / banjur arêp lali / cara Mlayu didhandhanggulakake / yah iya tak sênggakane pisan / kêmbang obi / kêmbang orang main mati / tak prêduli asal sêpêrti priyayi / adhuh le gandêm nyang pikiran / jajal sak pada manèh //

Kliling-kliling dalan diidêri / milang-miling golèk sêsawangan / manawa ana bêjane / dilalah thumuk-thumuk / ana rôndha ngutangi dhuwit / jangjine kêna ngêmplang / kathik isih imbuh / masrahake jiwaraga / la rak kojur apa kuwat anglakoni / wong bêgja numpa-numpa //

Samono wong ki yèn lagi bêgja, mula bêcik disênggaki kêmbang nôngka, wong wis tuwa cara Lônda, dhasar nyata, êmoh mati yèn kênaa, dudu mênus, lo mak bêdhêngus kaya si Garèng, majua mrene thole.

Garèng : (Ngunandika: salah siji panêmuku kiyi mêsthi bênêre, êmbuh Rama kiyi lagi mêndêm kacubung, êmbuh ana rôndha sing arêp diarah, anggone macak [ma...]

--- 1520 ---

[...cak] têka dikayang bangêt, nganti patut upama ditongtonake ana ing sêtèlêngan, utawa mèlu pamainan kêmidhi jaran, sarana diwarak-warakake: bulus kawak kang bisa tata jalma). Kula nuwun, Rama, sêmbah bêktinipun ingkang putra ipun mugi konjuk ing ngarsanipun panjênênganipun.

[Grafik]

Sêmar : We la, apa mêntas panèn, ipun apa, kok rindhil ipune mêngkono. Iya bangêt ing panarimaku, thole, dene kowe wis asung bêkti mênyang aku. (Sêmar lajêng angunandika: hêm, têka anggumunake, barêng aku katon brêgas ngene, Garèng sanalika banjur salin salaga, banjur ngendahake nyang wong tuwa, tur katon ngajèni bangêt, mulane pancèn iya bênêr bangêt, wong kuwi kalane isih ênom, kudu sing ngudi têmênan nyang pangane, amrih ing têmbe burine aja dadi gawene anak putu, awit sing akèh, wong kuwi, apa manèh yèn sathithik-sathithik anduwèni drajad, sok isin yèn wong tuwane katon nistha. Yèn ditiliki, wong tuwane mau ora kok banjur dipapanake nyang jêro ngomah, nanging ana ing papan sing kiwa, upamane bae ana ing langgar, sabab ganjarane sok watuk, mundhak ngêgèt-êgèti putu-putune sing padha lagi turu. Kosokbaline, wong tuwa sing gagah, kuwi iya ana ora kapenake, awit, durung mati, anak-anake wis sok padha rêgêjêgan, marga padha rêbutan bakal tinggalane. Mara, apa iya ora kojur). Ora, Rèng, mungguhing sawanganamu, kapriye aku macak mêngkene kiyi. Apa iya wis pantês.

Garèng : O, inggih mila sampun ngaumudhani, sampun katingal brêgas sayêktos, upami Rama krêsa rawuh ing pêkên, têmtunipun adamêl bibaring têtiyang sadean ing ngriku saèstu.

Sêmar : E, sêmbrana, la nèk mêngkono kuwi, aku rak katon kaya wong edan arêp ngamuk. O, Thole, Garèng, anakku, gèr, kowe tak kandhani, anggonku macak brêgasan mangkene iki, satemene saka olèhku arêp ngênggoni jamane. Jaman saiki kiyi jaman bêcik, jaman brêgas-brêgasan, dadi yèn aku ora manganggo mangkene, têmtune aku banjur ora katon uwong. Hara, coba dak manganggo sing sarwa ala, mêngko rak iya banjur disawiyah-sawiyah bae. Beda karo nèk aku mrabot kaya ngene kiyi, apa manèh aku ana ing Batawi, sabên kusir sadho angundang aku iya mêsthi: tuwan. Mula aja kasliru surup mungguh pakolèhe wong nganggo apik, aja banjur kok arani awis ngaum mudhani, o, kuwi ora bênêr, jalaran sing diarani kaum mudha: kuwi sajatine dudu panganggone, dudu pacakane, satêmêne mung dumunung ana pikirane utawa ing atine. Sanadyan aku wis macak barêgas mangkene, [mangke...]

--- 1521 ---

[...ne,] nanging yèn atiku utawa pikiranku mung murih kapenaking uripku dhewe, iya dudu kaum mudha, kosokbaline wong kang manganggo cara kuna, tur sarwa ala, nanging yèn atine utawa pikirane bangsa migunani ing ngakèh, ya kuwi sing jênêng kaum mudha sajati, ora mung pulasan kaya aku kiyi.

Garèng : Mênggah pangandikamu sadaya punika, pancèn inggih lêsêr. Kula piyambak inggih mêntas andadosakên pangangge wontên panggenanipun Jiran, kalilana kula mantuk rumiyin, prêlu badhe mangangge anggèn-anggèn kula enggal. Manawi Rama uninga anggèn kula macak, sampun têmtu klêngêr sêpuh sayêktos.

(Badhe kasambêtan).

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

Wontên pawartos, konggrèsing para wanita Indhonesiah badhe dipun adani wontên ing tanggal 22 dumugi 24 Dhesèmbêr, manggèn wontên ing dalêmipun Tuwan Jayadipura Ngayogya. Adêging konggrès wau saking paguyubaning pakêmpalan Wanita Utama, Wanita Katolik, Aiyah (golongan Muhamadiyah èstri), Wanita Mulya (golongan Walfajri èstri), P.N.I. Wanodya tuwin peranganing putri J.I.B. Jong-Java lan malih Pemoeda Indonesia.

Up bêstiring J.I.B. gadhah panuwun dhatêng pamarentah supados angicali buku-buku waosan tuwin taman pustaka ing pamulangan gupêrmèn, ingkang wontên suraosipun ngrèmèhakên agami Islam tuwin tiyang siti. Ing bab punika sampun dumugi ngastanipun parampara prakawis tiyang siti, saha badhe ngawontênakên kumisi mriksa buku-buku wau. Saking usuling golongan Islam, angajêngakên Radèn Sasrasugônda, supados dipun pilih dados kumisi.

Wontên pawartos, kontrakipun Kon. Ned. Ind. Luchtvaart Mij. kalihan pamarentah sampun dipun tapakastani dening Tuwan Nieuwenhuis wêwakiling matsêkape wau, tuwin paduka dhirèktur pakaryan praja Tuwan de Iongh.

Pakêmpalan wanita Indhonesiah: Putri Indhonesiah ing Ngayogya badhe ambikak kursus pangajaran Staatsrecht, ingkang dados guru mistêr Suyudi, manggèn ing pamulangan Taman Siswa.

Satunggiling dhusun bawah Kulonpraga, wontên sawênèhing tiyang sakit ewah, jalaran saking sangêtipun anggèning sakit bêntèr, mêjahi biyungipun piyambak tuwin anatoni sadhèrèkipun jalêr èstri, ingkang sami taksih alit.

Ing Surabaya mêntas wontên ès lilin, ingkang dipun priksa ing dhoktêr. Miturut papriksan, ingkang dipun angge ès wau toyanipun kirang sae, amargi toyanipun sanès toya lèdhêng, ing dalêm 1 sèntimètêr kubuk, pinanggih wontên baktèrinipun 1.000.000-3.000.000. Mila mèmpêr saupami ès lilin wau sagêd anjalari tuwuhing sêsakit: ambêbucal rah umbêl, kolerah tuwin tipês. Wontênipun papriksan wau, jalaran ing Surabaya kathah tiyang sakit, ingkang jalaran saking mêntas nêdha ès lilin.

Notaris Roeloffs Valk ing Batawi, kasumêrêpan kirang sae tumindaking padamêlanipun, tuwin ing sapunika sampun angakêni ing kalêpatanipun, nanging dèrèng kasumêrêpan pintên cacahing arta ingkang kasalingkuhakên, amargi sawêg dipun priksa ing akontan. Ing sapunika rad pan yustisi sampun nyêkorês Tuwan Roeloffs Valk laminipun 6 wulan, tuwin angusulakên dhatêng pamarentah supados dipun kèndêli, dene ingkang dipun calonakên, kandhidhat notaris Andela ing Malang.

Sawatawis dintên malih, Radèn Ayat, ing Madiun, badhe ngêdalakên kalawarti basa Jawi. Manawi sagêd tumindak sae, lajêng badhe dipun dadosakên kabar padintênan.

Wontên pawartos, ingkang bupati ing Brêbês, ingkang kagantung kalênggahanipun, badhe angsal pangapuntên, saha katêtêpakên malih.

Radèn Hasan, Patih Purwarêja, katêtêpakên dados bupati ugi ing Purwarêja.

Radèn Surasna, administrasis, amtênar kantor algêmènê sèkrêtari, kaangkat dados rèpêrèndharis ing kantor ngriku ugi.

--- 1522 ---

Kapala sêkolah ôngka kalih ing Plêngkung, Magêlang, nalika badhe nglintokakên mandhat balônja gunggung f 550.- ical wontên ing margi, lajêng lapur dhatêng ingkang wajib, sapriki dèrèng pinanggih. Guru-guru ing pamulangan ngriku kêpêksa dèrèng nampèni arta balônja ing wulan Oktobêr.

Tiyang nama Atmasumarta ing dhusun Krênêkan, kaondêran Polanharjo, Klathèn, kacêpêng ing pulisi, jalaran mêca badhe dados ratu adil, saha sampun ngirup tiyang tigang dasanan, wontên ingkang dipun sagahi badhe kadadosakên pangeran.

Ing Pakalongan sampun ngadêg saksi P.P.P.K.I. saking kêmpaling B.O. Pakalongan P.S.I. Batang tuwin P.N.I. Pakalongan. Ing Ngayogya saking kêmpaling B.O., P.S.I. tuwin P.N.I. Ing Cianjur saking kêmpaling pakêmpalan Pasundhan kalihan P.S.I.

Kala tanggal 29 Oktobêr, ing Surabaya wontên parêpatan sarekat kaum buruh, dipun dhatêngi ing tiyang kintên-kintên 2000. Pangarsa Kaji Muhamad Abas Marjuki mêdharsabda, maos sêtatutên, suraosipun anggolongakên sadaya kaum buruh, tuwin namung kangge bôngsa Indhiya kemawon, botên ngêmori pulitik. Lajêng dipun sambêt ing Tuwan Onarja, Sukiman tuwin sanès-sanèsipun. Sarêng tuwan Tan Bogwan tuwin Kwèking Cwan mêdharsabda, dipun pênggak ing pulisi.

Kala tanggal 27 wulan Oktobêr jam 5.45 pasakitan nama Ganjil, ingkang kadakwa dados panuntun komunis tuwin durjana koyok ing Padhang, sampun kaukum gantung wontên salêbêting pakunjaran ing Padhang.

Tuwan Gonggrijp insêpèktur tuwin Tuwan Wasta amtênar boswèsên, ingkang sami kautus pamarentah dhatêng Dhilipènên, sampun dumugi ing Sêmarang, wontênipun ing ngrika badhe mahamakên ing bab pakaryan kajêng. Wangsulipun badhe wontên ing wulan Januari.

Kala ing dintên Sêtu kêpêngkêr ing Middelbare Landbouwschool ing Bogor, damêl pèngêtan, kathah ingkang sami rawuh. Gêgayutan kalihan pèngêtan punika, dhoktêr Boorsma tilas dhirèktur sakawit, ingkang sapunika wontên ing nagari Walandi, tampi bintang opsiring oranyê nasao.

Kala tanggal 27 wulan Oktobêr pabrik sirsêtop ing Ngagêl Surabaya anjêblug, wuwunganing pabrik ngantos jêbol, karisakan sangêt. Punggawa Walandi wontên ingkang kataton satunggal, punggawa tiyang siti pêjah satunggal. Sapunika padamêlan sampun tumindak malih.

Kala Ngahad kêpêngkêr panitya pamulangan B.O. ing Ngayogya, saèstu ngawontênakên karamean taunan ngiras mèngêti adêging pamulangan B.O. sampun 15 taun.

Los ampas pabrik gêndhis ing Gunungsari, Surabaya, kêbêsmèn, ing ngriku isi ampas 1.500.000 K.G. latu lajêng sirêp dening pitulunganing pompa motor pabrik, karugianipun kathah.

Kala ing dintên Jumuwah kêpêngkêr, pangadilan landrad ing Bandhung angrampungi prakawisipun pasakitan Marta, ingkang kadakwa damêl ura-uru komunis kala samantên. Pasakitan kaukum 6 taun kunjara, nyuwun apèl.

Ing bawah kabupatèn Sragèn tuwuh sêsakit rajakaya, ingkang dipun wastani surra, sampun kathah lêmbu ingkang tiwas. Minôngka panulakipun sêsakit wau, wontên lêmbu pintên-pintên atus ing wêwêngkon kadhistrikan Gêmolong tuwin Masaran, sami dipun suntik surra.

Bang Kabangsan ingkang nêmbe kabikak wontên ing Surabaya, punika andhilipun kabagi f 1500,- f 500, f 250,- tuwin f 100,-

Sawênèh kaji ing Rancaèkèk, ingkang mêntas kêbêsmèn, wontên artanipun kêrtas ingkang katut kêbêsmi f 50.000.

Radèn Mas Suryapranata, pangarsa pangrèh agêng punggawa pagadhean, dipun patah pangrèh agêng, sêsorah dhatêng para warga, dipun wiwiti saking Karanganyar, Bandhung, Cicalengka, Batawi, Cirêbon, Pakalongan, Sêmarang lajêng wangsul dhatêng Ngayogya malih. Ingkang kasorahakên pakêmpalan P.P.P.H. botên tarimah ing bab tatanan balônja.

Ing sacêlakipun Cipoyum, Priyangan, mêntas wontên sima agêng kalêbêt ing kala. Kajawi punika ing sacêlakipun kabudidayan ing Pasirjawa, inggih wontên sima kêkalih ingkang katingal, saha lajêng dipun udi murih kacêpêngipun.

Ing Cianjur mêntas wontên bikakan sêkolahan Taman Siswa, êpangipun pamulangan Taman Siswa ing Ngayogya. Ingkang dados pangarsanipun Radèn Mas Yakin.

Wontên pawartos, punggawa nagari ingkang sami wontên ing Dhigul sami kaparingan wêwahan balônja. Kajawi balônja ingkang mêsthi, kapetang wiwit tanggal 1 Januari 1927, ugi sami angsal wêwahan sabên wulan tumrap asistèn wadana f 60.-. Juru sêrat ôngka I f 15.-. Mantri pulisi f 17.50. Pulisi agèn utawi rêsèrsê f 15.- juru sêrat f 10.- tuwin pambantu sipir f 15.-

Gupêrnur ing Jawi Wetan mêntas amradinakên sêrat sêbaran, suraosipun, sintên ingkang rumaos botên narimah ingatasing inggah-inggahan pangkat, supados aprasaja gadhah atur, sampun ngantos ing bab makatên wau dipun êwratakên ing sêrat budhêg, awit tindak prasaja makatên punika nama sanès pandamêl awon, tamtu badhe angsal katrangan. Dene manawi dèrèng narimah tampi katrangan saking pangagêngipun, kenging nyuwun katrangan dhatêng pangagêng ingkang langkung inggil.

--- 1523 ---

Wêwaosan

Sêrat Jaka Pitutur.

Anggitanipun Mas Prawirasumarja ing Surakarta.

8

Sudarsana sagah, lajêng sami pêpisahan. Ing wanci sêrap dumugi Magêlang anjujug ing kampung Kauman, ing ngriku dumadakan kêpanggih tiyang èstri sêpuh mêntas tumbas lisah pèt, Sudarsana lajêng pitakèn: Êmbah, kula nyuwun pitakèn, griyanipun Radèn Ngantèn Sulastri Sindupraja punika pundi.

Tiyang èstri sêpuh botên mangsuli, nanging tansah anyawang dhatêng Sudarsana, raosing manah gadhah wêlas sarta asih, tiyang èstri sêpuh lajêng mangsuli: Iya aku kang aran Radèn Ngantèn Sulastri Sindupraja, dene omahku kuwi ngarêp, yèn kowe arêp mênyang ngomahku, ayo ta. Sudarsana sasampunipun lumêbêt ing griya lajêng dipun linggihakên ing salu sarta dipun pitakèni, nama, pinôngka lan sêdyanipun, inggih lajêng kawangsulan salêrêsipun, nama Sudarsana, asli saking griya Miskin ing Sêmarang, nêdya ngupados padamêlan, dene anggèning anjujug ing ngriku punika awit saking pitêdahipun rare jaka ing Têmanggung ingkang pangakênipun taksih putu piyambak, tiyang èstri manthuk-manthuk kalihan anyawang wujudipun Sudarsana, wontên kraos ing manah dhatêng Sri Têmon ingkang sampun ical rumiyin. Sudarsana dipun sêgah nêdha, nanging anggèning nêdha botên patos doyan, amargi badanipun karaos sumêr-sumêr bêntèr. Rampung anggèning nêdha sawatawis lajêng kapurih mapan tilêm, sarêng enjingipun Sudarsana botên sagêd tangi saking patilêmanipun, jalaran badanipun bêntèr karaos kakên sadaya, cêkakipun Sudarsana sakit bêntèr sabab saking katandhêgan kêsêl, wontên ing patilêman namung kèndêl kemawon botên purun sambat, badhe sambat dhatêng ingkang gadhah griya, ajrih, rumaos dede sanak, malah dhatêng-dhatêng adamêl susah, mila pêpuntoning manah lajêng kèndêl kemawon. Ingkang gadhah griya sarêng sumêrêp bilih Sudarsana sakit bêntèr, tansah dipun cêlaki, dipun pijêti sarta dipun komprès sirahipun, anjalari lajêng mêdal karingêtipun. Sudarsana sagêd karingêtên ngantos kêkotos kados tiyang adus, jalaran saking punika badanipun lajêng karaos ènthèng, salêbêtipun tigang dintên sampun saras babarpisan, mila Sudarsana sangêt anggèning narimah dhatêng nyai sêpuh.

Sudarsana sasampuning saras badanipun, lajêng tuwuh susah raosing manahipun, amargi artanipun sangu sampun têlas, saya malih ngupados padamêlan tansah botên angsal, mila lajêng cariyos dhatêng nyai sêpuh badhe nêmpuh byat lumêbêt dados militèr. Nyai sêpuh mirêng cariyosipun Sudarsana punika lajêng carocosan êluhipun sarta wicantên: Ênggèr kowe aja dadi militèr, militèr iku iya bêcik, dadi pangajaran gêdhe tumrap bocah nom, nanging kowe wis tak suwunake pagawean marang tuwan sèkrêtaris ing Ngayogyakarta, dhèk wingi mêntas tindak saka Magêlang kene tuwi garwane. Nalika isih dadi aspiran kontrolir têpung bêcik bangêt marang aku, kangjêng tuwan iku rêmên bangêt nênuntun panggawe bêcik marang wong kang duwe kalakuan bêcik, mula kowe yèn wis kêtampan didadèkake pambantu juru tulis, sing srêgêp, sing ngati-ati, aja sêmbrana, lan sing tumêmên. Pagawean iku tumrap bocah kang lagi-lagi tapak nyambutgawe, ora beda wong bêbojoan, yèn ora kabênêran sapisan, ing pamburine iya ora kabênêran, sanadyan olèha pagawean manèh, sing akèh tanduking ati kêmba, utawa gêla, anggone gêlêm anglakoni iku saka puwungan utawa saka kapèpèt. Mula kowe sing mêntas, aja lecekan, sarta kowe ana ing Ngayogyakarta tak titipake sadulurku nak-sanak, jênêng Kaji Muhamad Ibrahim, ana ing kampung Bintaran, sesuk kowe mangkata, prakara sandhang pangan kowe aja kuwatir wis tak tulis ana layang iki, mula layang iki aturna marang kaji sanakku iku, liya dina kowe banjur tak tututi mênyang Ngayogyakarta.

Sudarsana botên ngintên pikantuk pitulungan samantên agêngipun saking nyai sêpuh, mila ingatasing kasaenan punika lajêng cinathêt salêbêting sanubari botên badhe kasupèn ing salaminipun.

Sudarsana saèstu dhatêng Ngayogyakarta anjujug ing kantor karesidhenan, rêrêmbagan kalihan tuwan sèkrêtaris sawatawis lajêng pamitan badhe ngupadosi Kaji Ibrahim dhatêng kampung Bintaran. Sudarsana dipun êtêr upas kantor dhatêng griyanipun Kaji Ibrahim, ing ngriku lajêng kalêbêtakên ing pandhapi, sêrat ingkang saking Radèn Ngantèn Sulastri Sindupraja lajêng katampèkakên dhatêng Kaji Ibrahim, sarta lajêng kawaos tamat. Kaji Ibrahim pitakèn: Jênêngmu sapa, lan biyèn asli saka ngêndi.

Sudarsana mangsuli: Nama kula Sudarsana, rumiyin saking Sukaraja. Salêbêtipun mangsuli punika tansah dipun sawang dening Kaji Ibrahim.

Kaji Ibrahim kèngêtan dhatêng cirinipun Sudarsana rumiyin, gadhah toh dumunung wontên dhadha, pamanggihipun: bab ciri lajêng dipun pitakèkakên: [pi...]

--- 1524 ---

[...takèkakên:] Coba dèn, kowe bukaka klambi aku arêp wêruh dhadhamu. Sudarsana ugi lajêng mituruti ambikak rasukanipun. Kaji Ibrahim sarêng sumêrêp têrang botên kalèntu bilih punika Sudarsana rumiyin, sanalika êluhipun lajêng carocosan, sarta enggal lajêng nyariyosi ingkang èstri, ingkang èstri sarêng mirêng lajêng nangis galolo. Prakawis punika sarèhning botên wontên prêlunipun ingkang saupami Sudarsana dipun jarwani. Mila lajêng namung ginêgêt kemawon dening kaji jalêr èstri, sêdyanipun kapupu kapêndhêt anak. Wondene Sudarsana ingkang pancèn botên ngrêtos dhatêng kênthang kimpulipun jalaraning kaji sami nangis punika, wontênipun namung gumun nanging botên kamanah. Salaminipun wontên ing ngriku manahipun ayêm, sênêng, amargi kauja sandhang tuwin têdha dening kaji jalêr èstri. Punapadene wontên ing kantor karesidhenan dipun kasihi dening tuwan sèkrêtaris, jalaran saking sarêgêp tuwin satiti dhatêng padamêlan, para kônca-kancanipun ingkang nunggil sapadamêlan ugi sami trêsna, amargi Sudarsana purun ngawon lampahipun satindak, ujaripun sakêcap.

Ing satunggiling dintên ing Ngayogyakarta wontên balapan kapal, para prayantun môncanagari kathah ingkang sami rawuh mirsani, dalah Radèn Purnama ingkang sampun pènsiun ugi dhatêng ing ngriku, anjujug ing griyanipun Kaji Ibrahim ing kampung Bintaran. Sasampunipun bage-binage kawilujêngan, kaji Ibrahim cariyos bilih Sudarsana sapunika tumut ing piyambakipun, têtelanipun wartos ingkang saking Bok Prabakartika nêrangakên bilih sampun katêdha ing kolerah punika dora, Sudarsana têrang taksih gêsang sarta sapunika sampun nyambutdamêl dados pambantu juru sêrat wontên ing kantor karesidhenan Ngayogyakarta.

Radèn Purnama mirêng wartos punika agêng manahipun, padamêlanipun suda satunggal, kantun ngurus Sri Têmon, sawêg anggagas rekadaya punapa ingkang kêdah linampahan, ing ngriku Sudarsana katingal dhatêng saking kantor lajêng lumêbêt ing griya. Radèn Purnama lajêng pitakèn: Lare jalêr ingkang lumêbêt ing griya punika wau punapa Sudarsana, warninipun têka kados jambe sinigar kalihan Sri Têmon.

Kaji Ibrahim: Inggih punika wujudipun Sudarsana sampun samantên agêngipun, kula manawi sumêrêp rupinipun, lajêng kèngêtan dhatêng êmbokipun.

Radèn Purnama: Sanès ingkang kula rêmbag, kala wingi kula tampi sêrat saking Adicôndra mratelakakên bilih wêkdal punika piyambakipun wontên ing Surakarta manggèn ing griyaning pamitranipun wontên ing kampung Kêparèn, wontên ngrika namung gangsal dintên lajêng mantuk dhatêng Banyumas, dene wontênipun ing ngriku prêlu etang-etangan arta wade, kalihan sudagar wade ing Nglawiyan, mantukipun saking Surakarta benjing êmbèn punika langkung ing Ngayogyakarta ngriki, manawi kula kaur dipun purih nyêgat wontên sêtasiyun Tugu, amargi kangên sangêt, jalaran sampun lami anggèning botên kêpanggih. Ingkang punika bilih sampeyan dhangan, Sudarsana punika badhe kula cariyosakên bapakipun, manawi ngêntosi sanès dintên, kula kuwatos manawi lampahipun botên kalêrêsan kados punika.

Kaji Ibrahim: Punika nyumanggakakên, kula amung andhèrèk kêrsa sampeyan kemawon. Sasampunipun makatên, Radèn Purnama pamit mantuk. Sigêg.

Ing satunggilipun kamar griya pasipêngan, ing Tugu wontên satunggiling prayantun putri satêngah sêpuh dalah putranipun èstri prawan agêng kintên-kintên sampun ngumur 18 taun. Prayantun punika sampun rôndha jalaran tinilar pêjah dening ingkang kakung sampun kalih taun kapêngkêr, prayantun putri wau nama Radèn Ngantèn Padmasari, limrahipun ing ngriku dipun sêbut Radèn Ayu Padmasari, putranipun nama Radèn Rara Sitisari. Prayantun putri punika sajatosipun Sri Têmon ingkang sampun kasêbut ing ngajêng, piyambakipun tumut Radèn Mas Padmasari laminipun sadasa taun, salêbêtipun samantên taun anggèning jêjodhoan sae atut runtut botên kirang satunggal punapa, ing wusana radèn mas wau dumadakan kataman ing sêsakit pès, anjalari dados lan ajalipun. Sapêngkêripun ingkang jalêr, Sri Têmon dalah anakipun kuwalon inggih punika Radèn Rara Sitisari, tansah sami ngenggar-enggar ngupados sênênging manah amurih lipuripun. Sarêng wontên wartos bilih ing Ngayogyakarta wontên balapan kapal lajêng sami dhatêng sumêdya ningali. Sri Têmon saajalipun Radèn Mas Padmasari kêrêp anggagas makatên: bojo iku têtela pêparinging Allah, kanggo sajêge urip, môngka banjur pêpêgatan, banjur padha omah-omah manèh, adate ora lêstari, saka ora kêbênêran, ana sing kêbênêran, mati salah siji, yèn ora mati sing akèh iya banjur pêpêgatan manèh, sarta banjur omah-omah manèh, mangkono sabanjure, wasana dadi dhudha rôndha wis ora payu dole, mula bêcike ora pêpêgatan bae, utawa pêpêgatan, ora omah-omah manèh, yèn arêp omah-omah balèn karo bojo lawas.

Nitik gagasanipun Sri Têmon punika, têtela sampun botên nêdya emah-emah malih, mokal bilih Radèn Mas Padmasari sagêd wangsul gêsang malih utawi Radèn Adicôndra dados dhudha pêpêgatan kalihan Wahyuni, nanging sarèhning kabêkta dening manah jujur sae, sarta tansah èngêt dhatêng kautamèning wanita, têgêsipun panjagining dhatêng kaurmatanipun tansah dipun èngêti kalayan madhêp, têtêp, mantêp. Sêdya ingkang dipun kiyas lôngka wau, mêksa kadugèn kalihan botên kênyanan. Dene kênyataanipun makatên:

(Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

Ôngka 90, 26 Jumadilawal Taun Alip 1859, 10 Nopèmbêr 1928, Taun III.

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1541] ---

Ôngka 90, 26 Jumadilawal taun Alip 1859, 10 Nopèmbêr 1928, Taun III.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Sawangan Tataning Têtanèn

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar siti waradin sasêlaning parêdèn ing Silindhung, Sumatra. Ingkang awarni toya kimplah-kimplah, punika lêbaning toya ing sabin, ingkang mêndhêt saking lèpèn sacêlakipun ngriku. Para maos sagêd ngintên piyambak mênggahing êlohipun.

--- 1542 ---

Raos Jawi

Janma Suyatna

Sami-sami titahing ngarcapada, manungsa punika kacariyos makhluking Allah ingkang sampurna piyambak, tinimbang lan sanès-sanèsipun, punapadene kasinungan cipta ripta, akal budi lan pangrêti, sarta kenging kangge angraosakên rêrancangan, utawi amranata ing sadèrèngipun tumindak angêcakakên pakartinipun murih kalêrêsan. Inggih akal budi tuwin pangrêti punika upami kadosdene pirantos minôngka sêsanguning ngupados kacêkaping gêsangipun ing alam donya dumugi ing wusana.

Ing sarèhning sampun sinêbut satunggiling makhluk ingkang sampurna piyambak, mila inggih sampun samêsthinipun yèn manungsa punika kêdah tansah ngudi luhuring bêbudèn, anyêlaki dhatêng sadaya tindak kautamèn sarta nêbihakên ing kanisthanipun. Ananging sabab dening sadaya wau sami botên langgêng (tinitah owah gingsir), pramila lajêng gadhah supe lan emut ingkang sagêd anjalari kirang tulusing pamanahan, ngantos tiyang botên sagêd maibên. Nitik ingkang sampun kalampahan, yèn tiyang punika sok kasupèn, tamtunipun lajêng kawastanan kirang nitèni (lalèn) utawi sêmbrana, cêkakipun awon. Dene tiyang ingkang tansah kemutan, punika gampilanipun winastan titi, têgêsipun sae, saha sampun mungguh sangêt ingatasipun tiyang gêsang kêdah ngagêngakên kaemutanipun, ugi tumraping bab punapa kemawon, ngantos botên wontên ingkang kacicir.

Môngka kadadosaning supe wau sayêktosipun kados langkung gampil sangêt kalampahan, tinimbang lan emutipun, jalaran ing donya punika tansah kêbak sambekala tumraping manungsa ingkang sumêdya anglanturakên kaemutaning batos ingkang sae. Dados sampun gênah bilih tiyang sumêdya suminggah saking manah kasupèn wau langkung awrat lêlampahanipun, awit botên kenging sêmbrana. Saking gawating coba tumrap kamulusaning batosipun tiyang, ing ngriku anjalari gampil sangêt lajêng kasupèn.

Ambokmanawi wontênipun bêbasan: wong mangan ilok kècèr, punika ing pangintên botên têbih tuwuhipun saking ingkang makatên wau, mila tiyang botên sagêd maibên. Ananging paribasan ingkang makatên punika botên mungguh kadamêla garan utawi paugêran tumrap tiyang ngudi kautamèning tindak. Awit samôngsa tansah ngugêri bêbasan wau, punika katawis sangêt bilih tiyang kirang pangatos-atosipun, utawi lajêng gampil sinêbut tiyang rupak ing budi. Pramila inggih langkung prayogi sangêt tiyang punika kêdah tansah anggêgulang dhatêng manah èngêt sarta jêmbar ing budi, punapadene polatanipun, awit yèn kalampahanipun sagêd lantih kenging sinêbut: tiyang jêmbar èngêtanipun, inggih punika pratikêling pamanahan ingkang murih cêkapa kangge nyimpêni ing sakathahing èngêtan, wasana mencok [me...]

--- 1543 ---

[...ncok] dhatêng sêsêbutan: titèn, kados ingkang sampun kacariyos ing nginggil, malah botên ngêmungakên tumraping kalairan kemawon ingkang titi, dumugining bab kabatosan utawi kaalusan mêksa tansah kaèngêtan kemawon botên ngantos kuciwa, dene titèn wau adhakan dados wêwatêkanipun tiyang pintêr tur waskitha. Pramila wosipun manungsa tinitah gêsang punika sasagêd-sagêd kêdah tansah angudia murih anocogi dhatêng karsaning kodrad: wontênipun manungsa punika kasinungan akal budi tuwin pangrêti, ingkang prêlu piyambak kêdah namung kadamêl ngupados utamining tindak. Saha mêmanaha ingkang sae-sae, sanadyan ta ingkang rèmèh-rèmèh ugi sinamatan.

Wondene ing lampah kautamèn, tiyang ingkang sampun atul tansah angèngêti ungêlipun ing sawênèhing kitab makatên: apa kang sinêbar ing manungsa iya iku kang bakal diênèni, bab punika ambokmanawi para maos sampun sagêd angraosakên piyambak kadospundi muradipun. Nanging minôngka jêjangkêpipun saking pamanggih kula têka makatên: ingkang prêlu, tiyang wajib kêdah andhêdhêr utawi anyêbar wiji kasaenan, tamtu ing têmbe ngundhuh wohipun, yèn nyêbar wiji kasaenan inggih angênèni kasaenan, makatên ugi kosokwangsulipun. Botêna pinanggih ing sapunika, sagêd ugi tumônja utawi kaundhuh dening têdhakturunipun. Makatên saking gotèkipun para sêpuh, awit Gusti Allah punika maha adil.

Minôngka panutuping karangan punika: ingatasing tiyang gêsang prayogi kêdah ingkang tansah èngêt, awit inggih èngêt punika dados tukipun pangatos-atos. Paribasan: titi iku êtuking pangati-ati. Wasana masaborong ing panampi, sabab dening manungsa gadhah raos piyambak-piyambak.

Nirrasa Nitiatmaja.

Tumpang - Malang.

Bab Têtanêman

Sata

Sata punika satunggiling tanêman ingkang ajrih toya, pramila pananêmipun kêdah wontên ing môngsa ingkang sampun ngirang-ngirangi jawah, punika kalêrês wontên ing môngsa marengan. Yèn kêkêrêpên wontên jawah dados lan lodhohipun, wasana sami pêjah. Pramila saenipun katangguhakên sabibaring bubakan palawija kapisan, punika jawahipun sampun awis-awis. Rèhning umuripun sata kirang langkung wontên 120 dintên, dados panènipun wontên ing wiwitanipun môngsa rêndhêng. Ingkang punika siti tilasipun patêgilan sata lajêng kenging kagarap tumuntên saha dipun tanêmi pantun utawi sanès-sanèsipun ingkang baku katanêm wontên ing môngsa punika.

--- 1544 ---

Têtanèn sata punika bilih kaudanèn pikangsalipun ngrêmênakên. Kaslêpêking arta mêndhêt kemawon saperangan kasade krosok. Dene kakantunanipun kadamêla sata rajangan, punika pambucalipun ugi gampil, awit ngrika-ngriki sami bêtah sata, kados ta: kangge êsês, susuran lan sasaminipun. Êsês punika nyatanipun tumrap ing slira ragi kirang sae, asring dados panggodhaning kasarasan, jalaran murugakên gadhah sêsakit wontên ing salêbêting kêbuk lantaran kawontênaning klèlèting sata ingkang andhok ing ngriku. Êsês punika nagihi, botên beda kalihan madat minum, pramila yèn kêlajêng nyakot, anggèning mêdhot ngrêkaos, dene kêlampahipun namung kanthi pamêksaning manah.

[Grafik]

Tanêman sata ingkang lêma

Sata punika kenging kangge ngusadani tiyang ingkang panuju kacakot ing sawêr mandi, kados ta: kacakot ing sawêr wêlang, badhudhak lan sasaminipun. Anggènipun namakakên makatên: mêndhêta sata eca sakêpêl, kawênyêda ing toya wantah, kasaring, lajêng kaombèkna tumuntên dhatêng ingkang sawêg kacilakan, adatipun sagêd pitulung. Kajawi punika kenging kangge jampining sêsakit gudhiging kewan, inggih punika: wênyêdan wau kagosokna wontên ing panggenan ingkang pating plênthing, dangunipun watawis sapanginang, ing sadintênipun rambah kaping kalih. Makatên punika sadintên kalih dintên kemawon sampun katingal sagêd pitulung, kêtawisipun korèng-korèng wau kêtingal garing, wasana lami-lami lajêng saras. Pramila kula cariyosakên bok manawi migunani, supados gancaraning sata botên cugagjugag dan di tempat lain. samantên, pananêm dalah pandamêlipun sata rajangan kula cariyosakên pisan.

Siti ingkang sae tumrap sata punika siti ingkang kathah lêmènipun, ingkang punika wana ingkang nêmbe kabubak sitinipun sae, cocog kangge tanêman sata, jalaran ing ngriku wontên lêmèn ingkang dumados saking awu obong-obonganing kêkajêngan sarta bosokaning gêgodhongan. Yèn siti têgil pasabinan pangruktinipun ingkang mayar piyambak kalêmenan talethonging rajakaya.

Rèhning ngêntosi pantoging sata punika bilih sampun watawis 120 dintên, dados godhongipun [godhong...]

--- 1545 ---

[...ipun] ngandhap kêpêksa dipun pêthiki saking satunggal, punika kêdah kawatawisakên bilih mèh badhe jêne, dados sampun sêpuh. Dumugi pantoging sata ngantos sagêd mêthik 5 rambahan, punika ugi kenging karimat kadadosakên sata rajangan utawi sata krosok, nanging sata punika botên wontên pangaosipun, jalaran kagolong sata asor. Limrahipun kawastanan sata kapalan.

Watawis umur 70 dintên, sata wau tuwuh sêkaripun. Sêkar punika kêdah kabucal, pambucalipun cêkap kapunggêl gantilaning sêkar kemawon. Awit saking punika tuwuhipun malah andados, lugunipun ing pocapan dipun wastani ngêbiri. Kauningana, sasampunipun dipun kêbiri ing pok-poking godhong sami sêmi. Sêmèn (soglèng) punika kêdah dipun bucala, pramila sabên lêt 4 dintên kêdah nuwèni malih lan ambucali ingkang thukul enggal. Makatên salajêngipun ngantos dumugi ing mangsanipun mêthik.

[Grafik]

Pirantos rajangan tuwin gobèd pangrajangan.

Sapunika dumugi ing mangsanipun godhong sadaya kapêndhêtan kabêkta mantuk. Ingkang kadadosakên krosok lajêng dipun sunduki mawi irat-iratan dêling, ing sasunduk-sundukipun wontên sadasa utawi langkung, kaisis supados garing lon-lonan, punika dadosipun krosok sae. Ingkang badhe karajang dipun bêdhodhot rumiyin, inggih punika lêmbaran wau kabèbèr-bèbèr wontên ing blêkêtepe lajêng kagulung sablêkêtepenipun pisan. Anggèning ngêpêp wontên ing ngriku watawis 3 dintên, kawusananipun godhong dados warni jêne. Sapunika wiwit nglilini, têgêsipun lêmbaran wau dipun tata wujud tumpukan lajêng kalêmpit wujudipun kados takir. Sapunika wiwit ngrajang, inggih punika lilinan wau kadèkèk ing pirantos pangrajangan, dipun iris mawi gobèt. Sata iris-irisan kawiwir-wiwir wontên ing rigèn badhe kaêpe, punika kawastanan dipun anjang. Watawis kalih dintên malih sata wau sampun garing, wujudipun cêmêng nanging cêblèh. Sasampunipun makatên, sata wau sabên dalu kaêbun-êbunakên, wujuding sata lajêng dados jêne sumringah. Sasampunipun kêsat lajêng kadadosakên dêlêgan lajêng katilêb, inggih punika katata wontên ing kranjang, sasapipun kêdêbog garing utawi godhong jati. Yèn sasapipun godhong jati kêdah ingkang taksih têlês.

--- 1546 ---

Sapunika kantun sakêparêngipun jalaran sampun dados sata ingkang limrahipun kasade punika. Yèn kasrantosakên sawatawis wulan lajêng kawastanan sata eca, punika pangaosipun mindhak. Kula cugag dumugi samantên atur kula, wasana kirang langkungipun andharan nyuwun pangaksama.

Sumadi, mantri kewan, Purwakêrta.

Jagading Sato Kewan

Gêsang pakulinaning rajakaya

Tiyang ngingah rajakaya punika mênggahing pangrimatipun, botên beda kados tiyang ngrimat sasamining tiyang, inggih dipun papanakên sakeca, dipun pakani cêkap, tuwin dipun rêksa kasarasanipun. Wontênipun dipun upakara makatên, awit manungsa ngrumaosi manawi ngalap damêl utawi pigunanipun.

Manawi maesa, badhe dipun pêndhêt baunipun, dipun ajak nyambut damêl ulah têtanèn, ing têmbe badhe suka piwalês anyêkapi, inggih punika pamêdaling siti. Mila manawi manungsa gadhah atindak siya dhatêng maesa, nama botên sumêrêp dhatêng kasaenan, malah wajibipun, manungsa kêdah tansah malês sae utawi amanah têntrêming gêsangipun, lajêng nama walês-winalês ing kasaenan.

[Grafik]

Lêmbu-lêmbu ing Eropah ingkang sami wangsul piyambak saking pangenanipun.

Manawi tumrap lêmbu, mênggahing tiyang, kajawi kêdanan baunipun, kangge ngulah siti utawi tarikan, ugi taksih melikakên dhatêng puhanipun, lan pigunanipun dados kasarasan, inggih punika ngiyatakên tiyang ingkang lêmês badanipun, yèn ingkang saras dados saya rosa.

Yèn ta tumrap ingkang lêmbu pêrêsan, wajib dipun walês ing saening têdhanipun, awit gêsanging lêmbu wau botên beda kados gêsanging biyung ingkang taksih nêsêpi, nyatanipun, [nyata...]

--- 1547 ---

[...nipun,] dene puhanipun wau dipun alap saha dipun ombe ing tiyang, prasasat têtiyang ingkang ngombe wau dados sêsêpaning lêmbu.

Yèn tumrap kapal, tiyang kapotangan ing damêl, dene tansah dipun lêgani, kacêkapakên ing prêlunipun, inggih punika kalaning kêkesahan dipun bêkta lumampah rikat. Yèn tumrap kapal ingkang kangge momotan utawi rakitan bêrahan, manungsa têtêp anggènipun tansah dipun uluri kabêtahan sabên dintên. Punika inggih botên wontên bedanipun, kêdah dipun walês ingkang sumbut kalihan anggèning kapotangan.

[Grafik]

Kapal-kapal dalah bêlonipun wontên ing kandhang pangumbaran.

Sayêktosipun, gêsanging rajakaya punika, yèn ta dipun manah panjang, mokal saupami botên gadhah panarimah dhatêng manungsa, nanging inggih sampun katampi kados panarimahing manungsa ingkang kêdunungan ngakal budi jangkêp, sawêg anggènipun anjilma, ingkang jalaran saking pakulinan, punika sampun dados pasaksèn, bilih gadhah panarimah.

Kados ta kalaning maesa kathah gumrudug namung dipun êngèn lare angèn satunggal, punika anggènipun ambangun turut, tuwin kenging dipun rèh sakajênging pangèn, namung saking anggènipun kêdunungan watêk kulina, tamtunipun yèn dipun manah, pambangunturuting sato wau, sampun dados pratôndha pamalês êsihing bandara.

Yèn mênggahing lêmbu, ingkang nama gêgrombolan [gêgrombola...]

--- 1548 ---

[...n] kathah, pusikapunika. lêmbu ing tanah Eropah, pangêngènipun inggih namung dipun jagi ing tiyang satunggal, malah wontên lêmbu ingkang dipun êngèn wontên ing pangenan tutupan, lêmbu-lêmbu wau manawi wancinipun mantuk, samôngsa lawanganing pangenan sampun dipun bikak, lajêng gumridik mantuk dhatêng kandhangipun piyambak, botên beda kados sacaraning tiyang wangsul saking padamêlan.

Dene ingkang langkung nyênêngakên punika kapal ingkang kaingah kangge pambranahan, punika namung dipun wanakakên, kalaning ngêculakên ngantos kathah, sabên esgrièstri. sadasa, cêkap dipun dèkèki kapal jalêr satunggal. Punika samôngsa wancinipun mantuk, kapal sawêlas wau sampun mindhak dados salikur, sadasa babon, sadasa bêlo, satunggal jalêran, lampahipun gumridik kados angêsrahakên bêbathèn dhatêng ingkang gadhah.

Mokal yèn kawontênan sadaya wau botên dados panarimahing tiyang.

Kawruh Sawatawis

Mêndhêt anakan bandêng ing sagantên

Para maos kados botên kêkilapan dhatêng wujudipun ulam bandêng, awit ing pundi panggenan mêsthi wontênipun, kasade ing pêkên utawi ing wande. Punapa malih asring dipun idêrakên.

Mênggah sajatosipun ulam bandêng punika aslinipun saking sagantên. Nalika taksih alit, dipun wastani anakan, inggih anakan bandêng punika. Dene pamêndhêtipun anakan makatên:

Pirantosipun: pathokan kalih iji, pênthèr, ènthèk, mangkok pêthak saha pangaron. Pirantos sadaya wau, namung pênthèr saha pathokan, punika botên wontên tiyang ingkang sade. Pramila kula prêlu sangêt ngaturi katrangan sawatawis mênggah pandamêlipun pênthèr wau.

[Grafik]

Serok ulam

Pênthèr punika ingkang dipun damêl rumput sujenan (dhêm) dipun kêthok-kêthok panjangipun satêngah kaki. Dêling dipun irat-irat panjang, kadosdene pangiratipun tangsul dudutan ingkang kangge wêwêdèn ing sabin, punika dipunanlintirdipun plintir.

sarta dipun têkuk dados kalih ingkang sami. Nuntên mundhut rumput ingkang sampun dipun kêthok-kêthok wau agêngipun sajêmpol. Punika dipun dèkèk ing têkukaning tangsul wau, patraping pandèkèkipun rumput wau ngadêg, lajêng dipun tampar kapuntir sapuntiran. Lajêng mundhut rumput malih, pandèkèkipun mujur sarta katampar, dipun puntir sapuntiran, makatên salajêngipun [salajêngipu...]

--- 1549 ---

[...n] ngantos rampung. Pamisayanipun ing môngsa kapat utawi môngsa kasanga. Patrapipun makatên:

Pathok kalih iji wau ingkang satunggal katancêpakên ing sapinggiripun sagantên, dene satunggalipun katancêpakên radi manêngah lajêng dipun thuthuki kalih pisan. Pênthèr wau dipun kêncang ing pathokan, sarta lajêng dipun srantosakên sawatawis dangu. Ing ngriku bilih anakan wau sumêrêp ebah-ebahing pênthèr masthi murugi sami munggut ing sakiwa têngênipun pênthèr wau. Nuntên dipun seroki mawi ènthèk dipun sok ing mangkok pêthak, sarta dipun pilihi, sampun ngantos kalintu anakan sanèsipun. Mênggah katawisipun anakan bandêng, ing satêngahing badan katawis cêmêng, saha sirahipun katingal mêling-mêling, agêngipun sami dom inggris. Namung makatên titikanipun anakan bandêng punika. Wôntên ugi anakan ingkang warninipun sêmu ijêm, agêngipun sagabah, punika tandhanipun anakan ulam blanak. Lajêng dipun wadhahi ing pangaron ingkang sampun isi toya sagantên.

[Grafik]

Babagan tiyang ngandhapakên ulam ing Sêmarang

Panyadenipun anakan bandêng punika botên mêsthi, nuja-nuju, tarkadhang sabên satusipun ngantos rêgi nêm kêthip, mirah-mirahipun kawan kêthip. Dene pamêndhêtipun anakan manawi kaetang badhe kasade kêdah mawi thothoking bukur ingkang pêthak, utawi ngangge cidhuk, pathokaning pangetang beda sangêt kalihan etangan randhu utawi sanèsipun: bedanipun makatên, ing ngriku sabên wontên anakan 28 iji, kaetang 25 iji. Dados manawi satus, pangetangipun inggih 28 iji X 4 = 112 iji.

g.b.d. Pênjalin Kaliwungu S.C.S. Siyam.

--- 1550 ---

Cariyos Warni-warni

Radèn Tumênggung Wôngsanagara seda

Kala ing dintên Rêbo kêpêngkêr, panjênênganipun Radèn Tumênggung Wôngsanagara, bupati nayaka sèwu ing Surakarta seda, yuswa 66 taun, jalaran gêrah sêpuh.

Kados ing ngriki prêlu kacariyosakên sakêdhik ing bab lêlabêtanipun suwargi Radèn Tumênggung Wôngsanagara wau.

[Grafik]

Panjênênganipun punika kêgolong kaum sêpuh, tuwin anêtêpi anggèning ngênggèni jamanipun sêpuh, kados ta ing bab raosing kajawèn, tansah dipun têtêpi ing salami-laminipun. Nanging tumraping kamajêngan, sanadyan panjênênganipun botên patos katingal, ewadene tumrap ing para kaum kamajêngan tansah ngrumaosi nunggil damêl, awit panjênênganipun botên kêndhat ugi ambiyantu ing kamajêngan.

Wontênipun ing Surakarta, panjênênganipun anjajah ing pakaryan. Sakawit ngasta pakaryan praja ing babagan siti, ugi anggayut prakawis kabêtahaning praja. Lajêng jumênêng kaliwon saha lajêng jumênêng bupati jaksa, ing ngriku saya kêtitik ing kalimpatanipun ing prakawis ulah kridhaning pangadilan. Wusana lajêng jumênêng bupati nayaka sèwu, ing ngriku têtêspingtêtêping. jumênêngipun prayagung luhur ingkang mumpuni dhatêng ulah pangêmbating praja, mila tansah kêtingal mênggahing lêlabêtanipun dhatêng praja tuwituwin. karaton dalêm.

Kathah lêlabêtanipun suwargi Radèn Tumênggung Wôngsanagara ingkang paedahipun taksih nyrambahi dumugi sapunika, inggih punika angadani adêging sositèt abipraya ing taun 1896. Anguwawèni adêging mardibasa ing Surakarta, ngêdalakên sêrat Jawi, kalawarti, ingkang gêgayutan kalihan Radyapustaka. Panjênênganipun kenging dipun wastani satunggiling anggaotaning Radyapustaka ingkang mitayani, lan malih panjênênganipun nate ngadani ngêdalakên prêtalan Kuran basa Jawi, nanging sawêg dumugi wolung jus lajêng kandhêg manggih sandhungan, awit kala jaman samantên ajênging jaman dèrèng kados sapunika. Tuwin kathah sanès-sanèsipun malih ingkang damêl pigunaning akathah. Ing cêkakipun, saupami dipun côndra, panjênênganipun suwargi Radèn Tumênggung Wôngsanagara punika: sarira kêbak sastra, angêplêki kados candranipun suwargi ingkang eyang, Kangjêng Radèn Adipati Sasranagara, pêpatih dalêm ing Surakarta.

Ing wusana Kajawèn amêmuji, mugi ingkang sampun kondur dhatêng kalanggêngan wau, pinaringana suwarga kamulyan ing Pangeran.

--- 1551 ---

Bidhal Dhatêng Nagari Walandi

Ing dintên punika Tuwan J.F. Vos pangagênging administrasi Bale Pustaka bidhal dhatêng nagari Walandi, prêlu pêrlop angasokakên sarira, laminipun 9 wulan.

Tindakipun Tuwan Vos dhatêng nagari Walandi wau sanadyan laminipun namung 9 wulan, nanging raosing manahipun para punggawa Bale Pustaka kados badhe pêpisahan dangu sangêt, awit raosing pêpisahan wau badhe tansah dipun raosakên tumaruntun wontên ing manah tanpa pêdhot. Wontênipun makatên, saking angèngêti dhatêng lêlabêtanipun Tuwan Vos dhatêng para andhahanipun, sumarambah angayêmi manah. Sadaya ingkang kataman, tansah ngrumaosi kêdhêdhêran ing kautamèn, tuwin dipun èngêti ing salami-laminipun.

[Grafik]

Tindakipun Tuwan Vos wau, tumrap dhatêng ingkang sami dipun tilar, tansah kêtuwuhan osik, kadospundi murih raosipun ingkang pêpisahan tanah sêsambêtan. Ingkang makatên wau lajêng nuwuhakên kêkajênganing ngakathah ngawontênakên tôndha pangèngêt-èngêt awarni album, isi gambaripun punggawa ing Bale Pustaka sadaya, wadhah sês, tuwin lading panatas dalancang, barang sadaya wau sami maujud saking rilaning para punggawa sadaya. Dene kajênging tôndha pangèngêt-èngêt wau, ing salaminipun pêpisahan, Tuwan Vos tamtu tansah kêpranggul ing tôndha ingkang ngèngêtakên dhatêng sambêting katrêsnanipun ngrika-ngriki.

Ing wusana pangajêng-ajêngipun Bale Pustaka, mugi tindakipun Tuwan Vos wau, ing têmbenipun sagêda damêl jalaran wêwahing kamajênganipun Bale Pustaka, ngungkuli kawontênan sadèrèngipun katilar ing panjênênganipun. Sugênga ingkang tindak, wilujênga ingkang sami kantun, lan raosing pêpisahan wau anumusa kados raosing pamuji, wêkasan sagêd pinanggih malih lêstantun kados ingkang sampun.

--- 1552 ---

Rêmbagipun Sêmar Garèng lan Petruk

Bab ewah-ewahaning pangangge

Garèng : Hêm, salawase wong tuwa kuwi liyane maido ora ana, mêngkene disalahake mengkana dianggêp dêksura. Hla, sing bênêr kaya apa. Mara, aku wani totohan bubulku, rak Rama iya anyalahake, yèn ana wong flètên-flètên (singsot) utawa singên-singên (mênyanyi) lagu foksêtrowat, utawa kwinkwok.

[Grafik]

Sêmar : Lho, nèk tumraping bôngsa Jawa, mula iya mêngkono, wong singsot kuwi dianggêp dêksura, awit dianggêp ngundang setan.

Garèng : Lidok ora, rak iya diluputake manèh. Ana wong singsot dianggêp dêksura, dianggêp ngundang setan, cêkake, kabèh panggawene wong ênom kuwi mêsthi disalahake, nanging yèn ana wong ênom nyalahake wong tuwa, kuwi iya lumrah banjur bae diunèkake: bocah ora tata, bocah ora idhêp bênêr, pèndhèknya sêgala yang busuk-busuk banjur disawatake nyang raine wong ênom, kaya ta: apa dudu nonsin bêsar, ingatase ing jaman saiki, têka prêcaya mênyang setan, apa kang mêngkono kuwi, ora kêna diarani gugon-tuhon.

Sêmar : Hla, kuwi nèk uwong ênom, anggêpe kapintêrane kaya bisa-bisaa mutêr jagad, ananging sanyatane yèn gunêman karo wong tuwa ora ngrêti. Ngundang setan kuwi, aja kok anggêp nonsin utawa nonmari, utawa manèh kok anggêp gugon-tuhon, ananging karêpe: sing diarani setan kuwi ora awujud kang mathongkrong, matane satrêbang, irunge satabuh êgong, cangkême ômba nganti kêna kanggo dalan motor utawa liya-liyane, cêkakane wêwujudan kang amêmêdène, ananging karêpe setan mau, kabèh laku kang nasar. Kaya ta: aku ngarani, singsot ngundang setan, kuwi karêpe mangkene: wong ênom kuwi nèk singsot-singsot, lumrahe - aku kôndha lumrahe, dadi ora mêsthi, lho - sok banjur rupa-rupa gagasane, kaya ta: wèh, aku kiyi kok mlandani, kok gagah, kok jêmpol, kok bagus, mêsthine iya akèh para wanita sing padha sir karo aku, sauwise anggone [anggo...]

--- 1553 ---

[...ne] mlaku saya dipêtontang-pêtontongake, hla, jubriyane banjur saya promosi (mundhak), gagasan kang ngrumasani bagus, jêmpol, disiri nyang wong wadon, kang anjalari saya gêdhe jubriyane, kuwi kabèh rak laku nasar, ya kuwi kang diarani setan.

Garèng : La kuwi, nèk wong tuwa, mêsthi ana bae sing kanggo wangsulan. Ora, Ma, aku arêp nyêlani dhisik, aku mau matur: nonsin, kuwi dudu bangsane Nonah Mari utawa Nonah Idhah, ananging têmbung Walônda, têgêse: ora kalêbu ing ngakal.

[Grafik]

Sêmar : Nèk uwong tuwa, ora prêlu dikandhani manèh, wis mêsthi wis bisa nyandhak. Tumraping aku nonsin kuwi iya padha bae karo nonmari. Mara, ingatase kowe rupamu brocal-bracèl angèl tangguhe, kok banjur nglamar Nonah Mari, têmtune rak iya mokal yèn olèha, awit kang mangkono mau, ora pisan-pisan kalêbu ing ngakal. Hara, apa iya ora padha têgêse.

Garèng : We, lha, kiyi katêrangane wong tuwa ambrêkunung têmênan, kathik banjur diwalik-wolak mêngkono. Ora, Ma, saiki apa alangane wong mênyanyi, apa iya dêksura.

Sêmar : Dêksurane mono nèk rumasaku iya ora, nanging mêksa iya ora bêcik, awit yèn kulina mênyonya-mênyanyi, mêsthi banjur bisa ngêndhokake rasaning kêbangsan. Mara pikirên bae: wong kuwi nèk lagi singan-singên, gagasane sing akèh, iya nyang musik, nyang dhangsah-dhangsah, nyang drom-drom, lan sapêpadhane, nèk lagi mênyanyi kroncong utawa kêmbang kacang upamane, sing dieling-eling iya nyang sêtambul utawa bangsawan, ing batin nganggo ngucap mangkene: Adhapun kami ini sêorang raja jin dhi dhalêm ... ananging yèn lagi rêngêng-rêngêng upamane bae: Tarupala utawa Gandrungmanis, kuwi rasane nyang pikiran kathik le a...ngê...la...ngut, sing katon ana ing gagasan, pratapaning pandhita kang linuwih, cantrike padha jêjogedan, utawa sing katon ana ing gagasan, dalême sawijining priyayi luhur, kang lagi kabênêr nguyu-uyu, priyayine luhur lagi lênggah ana ing kursi ngadhêpake dhêdhaharan sing èdi-èdi, kanthi diadhêpi para abdine kabèh, mara, apa ora lês-lêsan nyang pikir. Mulane iya ora maido, yèn sawênèhing kumpulan padha ngajokake nyang kagunan, kuwi kiraku prêlune ora liya iya mung supaya bisa kukuh rasaning kabangsan.

Garèng : We, lha, Rama kiyi apa niyat arêp gawe propagandhah bab kagunan Jawa apa kapriye, ora, Ma, kèndêl dhisik, dak rungok-rungokake kaya Si Petruk galenggengan mangkur, sajake kok mêntas olèh rêjêki. Ayo

--- 1554 ---

Ma, padha dirungokake.

Petruk : Kaya ngungkurke kamurkan / yèn tak raras rada mèmpêr priyayi / pyayi lagi ajar bêsus / sarunge Pakalongan / ikêt blangkon sajak modhèl cara Bandhung / êjase putih bukakan / dhasi dawa mobat-mabit //

ora lali acanelan / mlaku rindhik ngrasa kaya bupati / dhasar dhuwur lêngkung-lêngkung / nganggo ambônda tangan / nganti sêsêg atiku kêrasa jujul / kaya dadi lid polêksrad / lagi klintong golèk angin //

Id ladalah, dak arani mung aku dhewe kang macak mêngkene, têka kabèh-kabèh padha jor-joran, gênah obahe ana padha bal kustim, apa arêp mèlu rame-rame capgomèk.

(Badhe kasambêtan)

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar

Bôngsa Tionghwa ing Sêmarang nama Te Yu Hin, dipun tahan wontên ing sèksi pulisi, amargi kadakwa malsu dhacinan, wusana enjingipun, tiyang wau pinanggih pêjah anggantung, mayitipun kabêkta dhatêng C.B.Z. mênggah jalaranipun anggantung wau dèrèng kasumêrêpan.

Awit saking panyuwunipun piyambak, wiwit tanggal kaping 2 Januari 1929 ingkang bupati ing Madiun, Pangeran Arya Kusnadiningrat, kèndêl anggènipun jumênêng bupati, kanthi angsal panarimah saking pamarentah. Dene ingkang jumênêng gêgêntosipun, Radèn Mas Kusmèn, wadana ing bawah Jawi Wetan.

Ing Bahrawa kala tanggal 5/11 28 wanci sontên, nuju jawah angin wontên tiyang 10 sami ngeyub wontên ing grêdhu sapinggir sabin, dipun sambêr ing gêlap. Tiyang jalêr 1, èstri 1 tuwin lare jalêr 3 sami pêjah, sanès-sanèsipun nandhang tatu sakêdhik.

Pamarentah marêngakên adamêl tangsi pulisi ing Bandhung, waragadipun dipun tapsir wontên f 148.000.

Ing Mèstêrkornèlês mêntas pinanggih wontên arta palsu, ingkang nyumêrêpi kapala kampung bôngsa Tionghwa, asli nampèni bayaran saking bôngsa Arab. Sarêng dipun ulur, mêksa dèrèng pinanggih dhokipun. Lan katranganipun ugi taksih wontên arta kêrtas palsu sanèsipun, sapunika sawêg dipun udi katranganipun. Mênggah panitiktipunpanitikipun. ingkang sampun pinanggih, cagak-cagak ing gambaran Javansche Bank garit-garitanipun buyar, nomêr 20 ingkang awangun ukêl, punika garit-garitipun inggih botên cêtha, mangsinipun kados kenging toya. Ingkang langkung prayogi, manawi badhe nyumêrêpi bedanipun ingkang palsu, katandhinga kalihan ingkang tulèn, punika lajêng katingal bedanipun.

Wontên sêrat sêbaran saking pamarentah amratelakakên, supados para amtênar ingkang gêgayutan kalihan prakawis tiyang minggah kaji, kêdah taliti pamriksaning pasipun, awit miturut pratelan saking kongsul Walandi ing Jedah, kathah pas dhatêng Mêkah ingkang botên cêtha, lan kathah tiyang saking Indhonesiah, ingang pasipun dhatêng Mêkah namung saking kongsul ing Singgapura.

Sampunsawatawis dintên punika punggawa pos tiyang siti ing Malang, ujug-ujug kataman ing sêsakit roodevonk. Saking pangintêning dhoktêr, sêsakit wau tumular nalika milihi sêrat ingkang saking tanah Eropah. Sanès dintên wontên tiyang ingkang kêtularan. Dhatênging sêsakit wau sawêg dipun udi, punapa jalaran kabêkta saking kapal mil punapa kadospundi, lan angudi malih punapa sêsakit makatên wau sampun nate pinanggih wontên ing Indhiya ngriki.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 1220 ing Pasuruan. Wisêl f 1.50 ingkang f 0.50 kangge mundhuti tunggakan wulan Juni, dene ingkang f 1 tumrap wulan Nopèmbêr saha Dhesèmbêr taun punika.

Lêngganan nomêr 3706 ing Surabaya. Wisêl f 2.50 tumrap Kajawèn wulan Nopèmbêr punika dumugi wulan: Marêt taun 1929. Dene bayaran P.P. ingkang sampun kula tampi tumrap taun 1929 wontên f 2.93.

Lêngganan nomêr 382 ing Surakarta. Langkungan arta panumbasing buku-buku wontên f 3.68 sadaya wau lajêng kalêbêt ing Kajawèn. Tumrap kwartal 2 taun 1929 kantun mêwahi f 0.82 kemawon.

--- 1555 ---

Wêwaosan

Paningal

Karanganipun Sang Rabindranath Tagore, kajawèkakên dening redhaksi Kajawèn.

1

Ing tranah Indhu wontên satunggiling tiyang èstri nama: Kuma, nalika taksih anèm pun Kuma gadhah anak, ananging kalanipun lare wau lair, sampun pêjah. Dene pun Kuma piyambak dhumawah ing sakit ngantos mèh dados tiwasipun. Pulih ing kasarasanipun malih, punika ngantos dangu sangêt, lan andadosakên jalaraning paningalipun saya dangu saya lajêng suda awasipun.

Kala punika semahipuin Kuma, sawêg kalêrês sinau ing bab kawruh kadhoktêran. Tumrap ingkang jalêr, sakitipun ingkang èstri wau amanahkamanah. botên andadosakên sabab punapa-punapa, awit ing wêkdal punika piyambakipun lajêng sagêd ngêcakakên kasagêdanipun ing bab anjampèni dhatêng semahipun. Ingkang punika mripatipun ingkang èstri ingkang sakit wau, lajêng dipun usadani piyambak.

Kuma punika gadhah sadhèrèk jalêr, kaprênah sêpuh, nalika samantên kalêrês badhe nêmpuh pandadaran tumrap kawruh pangadilan. Ing satunggiling dintên sadhèrèkipun jalêr wau anuwèni pun Kuma, saha lajêng saklangkung kagèt manahipun, sarêng nyumêrêpi kawontênaning sadhèrèkipun èstri.

Kowe kuwi lagi apa. Makatên pitakènipun sadhèrèk jalêr wau dhatêng lakinipun pun Kuma. Apa kowe kuwi lagi ngrusak mripate bojomu, pantês-pantêse kowe kudu enggal-enggal nyuwun pitulunganing dhoktêr kang pintêr.

Lakinipun pun Kuma lajêng amangsuli sêmu nêpsu makatên: Lho, geneya, sanadyan ana dhoktêr pintêr dikayangapa, anggone nambani môngsa ngungkulana kaya sing dak tindakake iki. Larane iki mung lumrah bae, ing môngka tômba-tambane wis kawruhan kabèh.

Dhadhah, inggih punika namining sadhèrèkipun jalêr pun Kuma, amangsuli sajak anyêngès: kiraku kowe kuwi anduwèni panêmu, yèn kowe karo gurumu ing pamulangan luhur, iku padha bae mungguh ing bab kawruhe kadhoktêran.

Semahipun pun Kuma amangsuli kanthi kakên ing manah: manawa ing têmbe kangmas nganti kalakon krama, ing môngka banjur ana pasulayan kang ngênani barang darbèke kang rayi, mêsthine kangmas iya ora bakal mundhut timbangan nyang aku kang gêgayutan karo prakara pangadilan. Kang iku mulane iya ora ana prêlune, yèn kang mas aparing timbangan ing bab kawruh kadhoktêran mênyang aku.

Salêbêtipun tiyang kêkalih sami apradondi, pun Kuma angudaraos, bilih salaminipun, manawi wontên ratu kalih campuh ing pêrang, ingkang nandhang sangsara piyambak inggih ngêmungakên rumput ingkang dipun idak-idak wau. Ing ngriku wontên tiyang kêkalih ingkang sami pasulayan, lan ingkang badhe nampi pituwasipun, inggih pun Kuma piyambak.

Mênggahing pamanggihipun pun Kuma, ingatasing piyambakipun ing samangke sampun kaimah-imahakên, kados tumrap ing sanak sadhèrèkipun inggih nama botên pantês, manawi lajêng tumut ngaru-biru mênggahing prakawisipun Kuma tuwin lakinipun, awit manawi kamanah lêrês, bingah tuwin susahipun Kuma punika, ingkang wajib ngraosakên, inggih ngêmungakên lakinipun piyambak, sanak sadhèrèkipun botên prêlu tumut-tumut.

Makatên ugi pamanggihipun Kuma. Prakawis mripatipun Kuma punika, rak prakawis sapele, ewadene wiwit dintên kasêbu tinggil,kasêbut nginggil. sadhèrèkipun jalêr tuwin lakinipun Kuma dados crah.

Ing satunggiling dintên, nalika lakinipun pun Kuma nuju kesahan, Dhadhah dhatêng ambêkta dhoktêr prêlu kapurih anitipriksa sakitipun pun Kuma, ingkang makatên wau andadosakên gumunipun ingkang badhe katitipriksa.

Kanthi taliti sangêt, dhoktêr anitipriksa mripatipun pun Kuma, saha pasêmonipun lajêng katingal wigatos. Salajêngipun dhoktêr wau lajêng wicantên, bilih sakitipun namung dipunkèndêlakên kemawon, sagêd ambêbayani. Sasampunipun dhoktêr adamêl rêsèp, Dhadhah lajêng enggal-enggal kengkenan tiyang kapurih tumbas jampi. Sarêng dhoktêr mônca wau sampun kesah saking ngriku, Kuma angarih-arih dhatêng pun Dhadhah, sampun ngantos kakangipun tumut cawe-cawe ing bab punika, amargi pun Kuma yakin, bilih dhatêngipun dhoktêr mônca ingkang kanthi lampah sandi wau, ngêmungakên badhe adamêl ribêt kemawon. Ing batos Kuma gumun, dene piyambakipun gadhah kakêndêlan wicantên dhatêng kakangipun ingkang samantên wau, awit ing salami-laminipun pun Kuma tansah ajrih kalihan kakangipun, makatên ugi pun Kuma inggih anêmtokakên, bilih Dhadhah piyambak inggih gumun, dene adhinipun gadhah kakêndêlan ingkang samantên.

Sakêdhap pun Dhadhah kèndêl kemawon, wusana lajêng wicantên makatên: Iya bêcik Kuma, salawase aku ora bakal ngundang dhoktêr manèh, aku mung mêling, yèn tambane wis têka poma ênggonên.

--- 1556 ---

Sasampunipun Dhadhah lajêng kesah. Botên watawis dangu, jampinipun dhatêng saking kamar obat. Kuma lajêng mêndhêt gêndul, puyêr, lan sanès-sanèsipun, sadaya wau sami dipun cêmplungakên ing sumur.

Jalaran saking anggèning Dhadhah cawe-cawe, andadosakên kirang rênaning lakinipun Kuma, lan wiwit punika anggèning anjampèni mripatipun ingkang èstri saya dipun pêng, ngungkuli ingkang sampun-sampun. Piyambakipun anyobi ngêcakakên jampi warni-warni, Kuma lajêng ambêbêd mripatipun kados pakènipun ingkang jalêr, saha lajêng ngangge bêlor, mripatipun dipun tètèsi jampi mripat, saha nêdha puyêr.

Kajawi punika ugi dipun sukani lisah ulam, ingkang mêksa kêdah dipun ombe, sanadyan kintên-kintên botên sagêd kalêbêt.

Sabên ingkang jalêr wangsul saking griya sakit, lajêng pitakèn dhatêng Kuma kanthi prihatos, kadospundi mênggahing sakitipun. Sabên-sabên dipun wangsuli: sampun kathah sudanipun.

Kala punika sayêktosipun Kuma ngapusi dhatêng badanipun piyambak. Manawi Kuma sumêrêp, bilih toyaning mripatipun saya kathah, punika manahipun lajêng dipun lêlipur piyambak, makatên punika dipun anggêp sae, jalaran rêrêgêdipun sami mêdal. Dene manawi luhipun ing mripat suda, Kuma rumaos agêng manahipun, dene samantên kasagêdanipun ingkang jalêr.

Ananging botên antawis dangu malih, sakitipun saya sangêt, pandulunipun saya dangu saya suda, lan siyang dalu tansah ngraosakên sêdhih dening ngêlu. Mirib saking solah tingkahipun ingkang jalêr, Kuma sagêd nyumêrêpi bilih ingkang jalêr thak-thik pados jalaran badhe ngundang dhoktêr, amila Kuma lajêng ngêtingalakên condhongipun yèn ta ingkang jalêr ngundang dhoktêr.

Jalaran saking punika, ingkang jalêr kêtingal bingahipun kadosdene uwal saking anggènipun gadhah têtanggêlan agêng. Nunggil dintên wau lajêng wontên dhoktêr Inggris dhatêng, Kuma botên sumêrêp, punapa ingkang karêmbag ing tiyang kêkalih punika, ananging piyambakipun gadhah pangintên, bilih ingkang jalêr dipun paibên sangêt kalihan dhoktêr wau.

Sakesahipun dhoktêr wau, lakinipun Kuma dangu anggènipun dhêlêg-dhêlêg, Kuma lajêng nyandhak tanganipun ingkang jalêr saha wicantên makatên: Tiyang wau têka botên sumêrêp ing tata têmên. Punapa sampeyan botên ngundang dhoktêr Indhu kemawon, punika rak inggih malah langkung prayogi. Punapa sampeyan kagungan pangintên bilih ing bab sakit kula mripat, dhoktêr wau langkung mangrêtos tinimbang sampeyan piyambak. Sapandurat ingkang jalêr kèndêl kemawon, salajêngipun lajêng wicantên kanthi swara pêgat-pêgat: Kuma, mripatmu kudu dibêdhèl.

Kuma api-api susah, dene ing bab makatên, têka ingkang jarêr dangu anggènipun ngêndhêm, wicantênipun Kuma: Sampeyan rak sampun uninga dangu, punapaa têka botên tumuntên ngêndika dhatêng kula, Punapa sampeyan ngintên, kula punika lare, ajrih manawi dipun bêdhèl.

Wicantênipun Kuma ingkang makatên punika, adamêl bingahing manahipun ingkang jalêr, wicantênipun: mungguhing wong lanang bae arang kang ora samar atine, mêsthi tansah ngeling-eling yèn bakal dibêdhèl.

Ingkang èstri gumujêng saha wicantên: Ingkang makatên punika pancèn yêktos, awit limrahipun tiyang jalêr punika kêndêlanipun namung dhatêng ingkang èstri.

Ingkang jalêr nyawang ingkang èstri tanpa kêdhèp saha wicantên makatên: Kandhamu kuwi bênêr bangêt, bangsaku wong lanang kuwi pancèn iya gumêdhe.

Pun Kuma lajêng gumujêng, ingkang anjalari ingkang jalêr lajêng gumujêng malih, wicantênipun Kuma: Punapa sampeyan sagêd mêsthèkakên, manawi tiyang jalêr punika langkung gumêdhe tinimbang tiyang èstri.

Sanès dintên, sarêng Dhadhah nuwèni dhatêng pun Kuma, Kuma wicantên bisik-bisik makatên: Kakang, pakolèhe dhoktêr kang kogawa kae, tumrape laraku pancène mono iya bêcik, eman bangêt dene anggonku nindakake kliru, kang pancène kudu tak ombe, têka tak tètèsake ing mripat, awit saka kliruning patrapku mau, larane mripatku saya bangêt, lan saiki kêpêksa kudu dibêdhèl.

Dhadhah amangsuli: Iya, mula, jalaran saka anggonmu ditambani bojomu, aku banjur ora tilik-tilik mrene.

Kuma amangsuli: Ora kakang, têmênan aku nambakake kayadene prentahing dhoktêrmu kae.

Kuma lajêng ngunandika piyambakan: O, wong wadon kuwi têka bisa têmên ngapusi, kalane dadi biyung akalane ngapusi bocah warna-warna, murih bocahe bisa antêng. Dadi bojo, akèh anggone duwe anak ngapusi, murih bapaking anake bisa sabar. Cêkakane wong wadon iku salawase kok kêpêksa sok kudu ngapusi.

Ananging anggènipun ngapusi pun Kuma wau, malah andadosakên lan prayoginipun, jalaran kakang tuwin bojonipun lajêng dados sae malih.

Dhadhah angrumaosi ing kalêpatanipun, dene piyambakipun sampun akèn dhatêng pun Kuma, tanpa têtarosan kalihan ingkang jalêr. Dene ingkang jalêr piyambak rumaos kêduwung sangêt, anggèning botên maèlu dhatêng pitêdahing kakangipun Kuma.

Wusana kalampahan wontên dhoktêr Inggris ambêdhèl mripatipun Kuma ingkang kiwa, sarana palilahipun tiyang kêkalih wau.

Ananging jalaran saking botên kuwawi, sarêng mripatipun Kuma wau dipun bêdhèl, pêpadhanging mripatipun ingkang taksih sawatawis, malah lajêng ical babarpisan. Ingkang makatên wau mripat ing sisihipun inggih lajêng katut kemawon.

(Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 91, 30 Jumadilawal Taun Alip 1859, 14 Nopèmbêr 1928, Taun III.

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1557] ---

Ôngka 91, 30 Jumadilawal taun Alip 1859, 14 Nopèmbêr 1928, Taun III.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Pintu Aer ing Wanakrama, Surabaya.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun pintu aer ing Wanakrama, ingkang sawêg kagarap, anggènipun anggarap dipun sêngkut, kanthi waragad kathah. Kados makatên mênggahing yêyasan, ingkang migunani kangge kabêtahaning kitha agêng.

--- 1558 ---

Kawruh Sawatawis

Èngêt ing Wajib.

[Asmaradana]

Wajib kasmaran ngawruhi / janma marang ing wong tuwa / umèngêta duk kalane / sira maksih aran bocah / ing salami jinaga / ing rahayunta dumlundung / kongsi uwal aran janma //

sayogya sira mèngêti / rasèng asihe wong tuwa / ing salami aywa supe / awit yèn kongsi supea / mring sihing bapa biyang / baya ta iku satuhu / kadi nyelaki jalaran //

awit yèn pinikir yêkti / lan yèn pinetung ing potang / tamtu tan ana êntèke / awit tatane wong tuwa / tan pisan yèn metungna / dènnya anglêlêmu mungsuh / yèku dènnya ngupadrawa //

mring suta tan pisan mikir / lir andhêdhêr kabêcikan / mrih antuk piwalês têmbe / kang mangkono yêkti mokal / yèn wong tuwa darbea / mung wong anom wajib wêruh / wijanging utamanira //

kadi ta upama yêkti / kliru tindaking awrêdha / kadi nguni caritane: / natèng Madayin Nusirwan / anggung dènnya akarya / tan yogya mring Jayèngsatru / tur amung mantu kewala //

nanging labête antuk sih / anggarwa ing putranira / wong agung ngrasa jatine / tan pae putra sanyata / marma sanggyèng piala / mung linêbur amrih ayu / têtêpa yuwananira //

awit sang sarayèng bumi / anganggêp wong tuwanira / wajib sinrahan bêktine / marma salami cinidra / dèn du lan mungsuh dibya / sabên sri nata pinangguh / tan pisan winalês cidra //

mung anggung pinurih eling / iku tuladan utama / yèn ta tinulada sae / aywa kongsi pisan-pisan / adarbe tindak cidra / nêdya ngayoni wong sêpuh / yèn unggul pamrihe apa //

apan ta kêni pinurih / pilahing ayu lan ala / sayogya dèn sisihake / wajib amung ambutuhna / ayuning jiwanira / iku wus mulya satuhu / tumrap maring wong taruna //

dene utamane ugi / wong anom ngrumasanana / yèn angganira nyatane / dèn opèni ing wong tuwa / wiwit sangkaning jabang / yèn ta ngrumasani têrus / yêkti ngrahayoni raga //

anak aywa andarbèni / ati saksêrik utawa / nêpsu marang wong tuwane / mungguh ta ing cêthanira / wajibirèng atmaja / aywa pisan-pisan purun / ngêcakkên kuwanènira //

malah wajib angopèni / maring wong atuwanira / amrih widada ing têmbe / lamun ana kalanira / wong tuwa tan sakeca / wajib gita gupuh-gupuh / ngêngudi waluyanira //

pirabara amêruhi / yèn wong tuwanira nyata / kêkurangan ing uripe / umalêsa sakawasa / sanadyan ta wong tuwa / tan pisan agahan saguh / yêkti ing batin narima //

lan panarimaning ati / kang tuwuh saka wong tuwa / jatine pamuji gêdhe / yèn ta padha dèn timbanga / lan pamujining liyan / tan pisan mirib salugut / mandi pujining wong tuwa //

lan wajib rumêksa ugi / mring rasaning bapa biyang / ywa kongsi susah atine / mungguh ta ing karêpira / yèn ta wong tuwanira / antuk rasaning tyas giyuh / dèn enggal pinrih waluya //

dene sanyatane [sanyata...]

--- 1559 ---

[...ne] ugi / anak uga mêruhana / marang ing awake dhewe / têgêse ywa pisan-pisan / wong anom anggêgodha / mring atining bapa biyung / lire darbe trap piala //

awit yèn wong tuwa kongsi / mêruhi ing anakira / tumindak ing tindak dede / rêmêk rêmpu nrus karasa / anêrês rasaning tyas / yèn ta kongsia kêdurus / aran anjêjarag tiwas //

beda lamun anglakoni / marang panggawe utama / mungguh wong tuwa rasane / ing jagad wus tanpa timbang / rasaning kanugrahan / kadi gumêlêng gumulung / dadya wohing kabungahan //

dene ta tataning lair / wong anom marang wong tuwa / dèn alus ing trapsilane / têgêse tanduking angga / ingkang katon atata / iku aran tata patut / kang numrapi mring wong tuwa //

lamun angucap dèn ririh / rah-arahên mrih sakeca / rakêtên tatakramane / ywa pisan kongsi mêdharna / ujar kang tan sayogya / gêdhene sugal ing wuwus / iku wawasên kang nyata //

dene ta gatining tulis / rarasing asmaradana / tangèh rasaa wulange / apan ta ing jatinira / mung pinèt pedahira / nyênyambi tinimbang ngangbur /nganggur. pirabara pakolèha //

awit sanyatane ugi / adhakanira kêsrambah / dene yèn pinarêng supe / manawa dadya jalaran / umèngêt mring kotaman / datan pisan mrih linuhung / mung lowung lamun angrasa //

awit yèn mirid naluri / datan ana janjinira / yèn manusa pinrih supe / marang ing tindak kang gampang / urut anut ing marga / kang aran wajitwajib. tinêmtu / lan kang wus tanpa tinata //

Bab Kasarasan

Bab Têdha.

Tiyang punika ingkang baku kêtingal dados sarananing gêsangipun: têdha, punika tiyang ngantos botên sagêd anyelaki, saha botên sagêd cariyos manawi tiyang sagêd gêsang tanpa nêdha, dene ingkang dados tôndha saksi, tiyang piyambak sampun angakêni, bilih anggèning nyambut damêl kangge sagunging gêsang punika dipun têmbungakên pados têdha.

Tiyang punika wiwit sangkaning lare, sampun dipun lêbêti têtêdhan. Ing sadèrèngipun sumêrêp têtêdhan, pun biyung sampun sagêd milihakên têtêdhan ingkang prayogi kangge têdhaning anakipun, murih anakipun sagêd agêng walagang kalis ing sêsakit. Tuwin pun biyung piyambak inggih sampun mangrêtos manawi anakipun manggih sabab ingkang jalaran saking têdha, kados ta manawi lare sêsêpan botên ajêng nêsêp, pun biyung lajêng enggal-enggal adus wuwung, ngopyok susu, supados anakipun lajêng purun nêsêp kados adat sabên, yèn ta tumrap têtêdhan, inggih lajêng dipun padosi, punapa sababipun dene botên ajêng nêdha, ing ngriku lajêng sumêrêp, punapa saking botên ecaning têtêdhan, punapa jalaran saking pun lare kirang sakeca badanipun.

Pancènipun sadaya wau sampun urut, saupami [sa...]

--- 1560 ---

[...upami] tiyang purun ngulinakakên tata ngadat ingkang sampun dipun lampahi punika, ing pangintên inggih ragi kalis ing sêsakit, awit salaminipun tansah nyumêrêpi dhatêng awon saening têtêdhan. Prêlunipun tumrap ing têtêdhan ingkang awon utawi botên prayogi, badhe dipun sirik, ingkang sae dipun ajêngi, dados salaminipun nama botên nate uwal saking pangatos-atos.

[Grafik]

Têtêdhan ing pêkên, ingkang botên dipun rukti sae, punika botên prayogi.

Ananging nyatanipun botên, pangatos-atosing tiyang dhatêng têdha, namung kalamôngsa kemawon, inggih punika kalaning lare taksih alit, utawi kalaning tiyang nuju sakit. Sanèsipun punika, ingkang kathah lajêng carobo, nêdha punapa-punapa waton ajêng kemawon, dugi-duginipun botên wontên, mangke èngêt-èngêt manawi sampun manggih sabab.

Tumrap ing jaman sapunika, sêsêrêpaning têtiyang kathah dhatêng ing bab kasarasan sampun kêtingal beda sangêt, tinimbang jaman salangkungan taun kêpêngkêr, kados ta manawi nuju usum sêsakit kolerah, tiyang lajêng mangrêtos dhatêng têtêdhan ingkang wajib dipun sirik, dalah têtiyang sêsadean ing pêkên kemawon inggih sampun ngandhang, upaminipun tiyang sadean bangsaning ombèn-ombèn, ingkang toyanipun mêntah, rujak-rujakan, wowohan sasaminipun, manawi dipun awisi botên kaparêng sêsadean kados makatên, inggih lajêng angèstokakên têrus ing manah, botên gadhah pangrêsula kados kala rumiyin, rumaos manawi anggèning [anggè...]

--- 1561 ---

[...ning] pados têdha dipun pakèwêd dening ingkang wajib.

Mênggahing sayêktosipun, nêdha ingkang dados kasarasan punika botên ngêmungakên wontên ing saening barang ingkang dipun têdha kemawon, nanging ugi gumantung dhatêng tataning anggènipun nêdha, têgêsipun nêdhanipun mawi wanci. Botên dumèh sagêd nêdha, lajêng ngêmil tanpa kèndêl, punika pinanggihipun botên prayogi, adhakan lajêng andadosakên kirang sarasing badan, mênggah ing gampilanipun kemawon, upami tiyang lumampah tanpa kèndêl, tamtu inggih kêsêl, lan mêsthinipun pirantosing nêdha ingkang tansah tumindak kemawon, inggih kêsêl. Dene kêsêlipun wau, tamtu lajêng botên titi tumindaking damêlipun, barang ingkang lêrêsipun dados lêmbat, lajêng namung growal-growal, awit pun pirantos sampun kêsêl tumindak ing damêl.

Sayêktosipun tiyang punika inggih sampun kadhahgadhah. pranatan nêdha, lan manawi dipun manah wancining nêdha wau sampun angênggèni ukuran ing kodrating badanipun piyambak, tuwin anocogi kalihan kawontênanipun, kados ta:

Ing wanci enjing, tiyang satanginipun tilêm, wêtêng kêraos luwe, awit ing dalunipun mêntas tilêm, salêbêtipun tilêm wau têtêdhan ingkang wontên ing wêtêng tamtunipun sampun luluh tumônja sadaya, mila lajêng ngawontênakên raos kêpengin nêdha. Sasampunipun makatên, tiyang lajêng badhe nêdha, nanging sarèhning angèngêti, bilih badhe nyambut damêl, saupami nêdha tuwuk badhe ngawrat-awrati badan, mila lajêng nêdha sakêdhik kemawon, dipun wastani sarapan, utawi sèmèkan, têgêsipun namung nyarapi utawi nyèmèki wêtêng.

Ing siyangipun, sabibaring nyambut damêl, wêtêng luwe sangêt, awit mêntas kasok nyambut damêl, ing ngriku lajêng nêdha satuwukipun, punika têtêp ingkang nama nêdha. Mêntas nêdha katog wau, badan lajêng kraos awrat, nanging sarèhning wontên wancinipun ngaso, inggih kangge ngaso, dene manawi badhe nyambut damêl malih, sasampuning ngaso sawatawis, inggih sampun dados tiyang kiyat.

Ing wanci sontên, nalika badhe tilêm, wêtêngipun sampun ragi kraos angglong, nanging sarèhning namung badhe tilêm, panêdhanipun cêkap namung sawatawis kemawon, nama mancal kêmul.

Mirid tataning nêdha ingkang kados makatên punika, kêtingalipun kados sampun prayogi sangêt. Nanging inggih punika wau, tiyang sok lajêng nyulayani, nêdha tanpa wanci, lowonging wanci ingkang pancèn botên kangge nêdha, tansah kangge ngêmil, ngantos kêsundhul dumugi wanci nêdha malih. Wêkasanipun kadospundi, nêdha botên eca, tur têtêdhan ingkang dipun têdha inggih botên dados daging.

Wontên malih tiyang nêdha ingkang ngantos kêladuk, punika inggih botên prayogi, sok andadosakên sabab, apêsipun kemawon wêtêngipun karaos sêbah, minggahipun lajêng dados kêmlakarên, punika kajawi saya botên prayogi, wujudipun kemawon sampun saru, apêsipun ngêdalakên upacara enthong irus.

Dene bab ukuraning tiyang nêdha ingkang nama drêmba, punika pancèn sampun mathuk kalihan kawontênanipun, dados sanès punapa-punapa.

--- 1562 ---

Bab Têtanêman

Paedahipun Wit Arèn.

Mênggah wit arèn punika bangsanipun kêkajêngan ingkang thukul piyambak, nanging thukulipun wau ingkang kathah wontên ing èrèng-èrènging parêdèn, ênggih wontên salah satunggiling pakêbonan ingkang kathukulan arèn, nanging limrahipun lajêng botên kapulasara kapêndhêt asilipun, têrkadhang lajêng katêgor kadamêl kajêng bêthak. Jalaran makatên wau namung kamanah kirang prayogi tiningalan tumrap ing pakarangan, utawi nyêngkarakên pasitèn. Bokmanawi makatên wau namung saking kiranging pamarsudinipun dhatêng indhaking pamêdal.

[Grafik]

Wit arèn ingkang tuwuh ing èrèng-èrènging parêdèn.

Saking pamanggih kula wit arèn punika bangsanipun thêthukulan ingkang kathah paedahipun. kados ta: witipun bilih arèn wau katêgor kenging kapêndhêt pathinipun (pathi arèn punika kawastanan gelang). Mênggah gelang punika sasumêrêp [sasumê...]

--- 1563 ---

[...rêp] kula wontên paedahipun tigang warni awujud têtêdhan: 1. Bilih môngsa katêndhagan têdha gelang punika kenging kadamêl sêkul, inggih punika ingkang dipun wastani sêkul kêrok. Dene pangolahipun inggih dipun bêthak kados sêkul uwos. 2. Kadamêl jênang kaabênan gêndhis, tiyang dhusun amastani jênang gudir. 3. Ugi dipun jênang nanging botên kaabênan gêndhis, lajêng kailing ing gêmbrèng ingkang kabolong pating crêmplêng, saha gêmbrèng wau katumpangna ing kuwali, ingkang sampun isi toya. Sasampunipun makatên lajêng dipun santêni, nanging kêdah mawi juruh, sabên sagêlas dipun sukani juruh ingkang ngantos lêgi, punika inggih miraos. Têtêdhan ingkang makatên punika kawastanan dhawêt gelang. Dene manawi môngsa bêntèr dhawêt gelang punika laris sangêt, awit raosipun sêgêr.

Kajawi ingkang kasêbut ing nginggil, paedahipun wit arèn wontên malih, inggih punika dipun dèrès, kapêndhêt lêgènipun kadamêl gêndhis. Mênggah patrapipun andèrès lan pandamêlipun gêndhis arèn ing ngriki ugi badhe kula têrangakên, nanging inggih sasumêrêp kula kemawon saking kawruh padhusunan.

Sasampuning lêgèn kaudhunakên saking wit, lajêng kagodhoga ing kuwali ingkang sakintên cêkap kangge anggodhog lêgèn wau. Sarta pangodhogipun botên usah mawi dipun kêbur utawi dipun udhêg, awit botên sagêt enggal kênthêl. Rumiyin anyêdhiyakna bathoking klapa (bathok sirah), prêlu kangge anjêngdhêlakên gêndhis wau. Bilih lêgèn wau sampun kênthêl, warninipun lajêng dados abrit, inggih punika lêgèn ingkang sampun dados gêndhis, lajêng katitis (cithak) ing bathok wau. Wasana manawi gêndhingêndhis. wau sampun dados lirangan lajêng katangkêb-tangkêbakên abên dhasar, kalih dados satunggal, punika kawastanan salinting. Lajêng kabuntêlan ing godhong pisang ingkang garing (klaras), supados botên sagêd lumang.

Dene wohipun (kolangkaling) kenging kangge isèn cao, utawi dipun damêl kolak.

Dukipun kadamêl tangsul payoning griya. Ingkang limrah ngangge payon duk punika tiyang parêdèn.

Kawulipun (êmput) kadamêl abên thithikan êrèk sela latu dipun abên ing waja. Pandamêlipun kawul makatên, ngêrika kawuling arèn kaabênan amploking tuntut kabakar ingkang ngantos dados arêng, lajêng kagêrus ngantos lêmbat, kacampurakên ing kawul nuntên dipun awut-awut ingkang radin. Samantên paedahipun wit arèn.

Wasana bilih wontên lêpating panyêrat tuwin têtêmbungan kula, kula nyuwun gunging samodra pangaksama.

Kula pun Kasna

Guru dhusun ing pamulangan dhusun, Klêpu, Gêmuh.

--- 1564 ---

Jagading Wanita

Kamajênganing Wanita.

Tumrap ing jagad kajawèn, majênging para wanita punika kenging dipun wastani sawêg sapunika, lan ajêngipun wau tumraping akathah, sakawit tansah dados pradondi, wontên ingkang nganggêp sae, wontên ingkang nganggêp botên, nanging sarèhning kamajêngan punika dayanipun kiyat sangêt, raos-raosing manahipun tiyang ingkang sêmang-sêmang, tuwin wêkasanipun malah lajêng tumut mastani sae.

[Grafik]

Sampun limrah, tuwuhing kaanan enggal punika tamtu dados rêmbag, dening kêraos dèrèng damêl srêging manah, kados ta kala jaman wiwit wontên lare èstri tiyang siti ngambah dhatêng pamulangan, punika tansah damêl cingakipun ingkang nêmbe sumêrêp, panggagasipun warni-warni, sawênèh wontên ingkang anggagas, kawruhipun anggèning sakolah wau ing benjingipun badhe kangge punapa, awit mênggahing tiyang èstri, ingkang prêlunipun namung badhe dados padaringan, upaminipun, kêlangkahên manawi ngantos anggadhanana kasagêdan samantên, pikantukipun namung badhe dados tiyang èstri kêmajêngên.

Rêraosan kados makatên punika, tumrapipun kala jaman samantên inggih taksih kathah ingkang ngiloni, nanging manawi dipun ucapakên wontên ing jaman sapunika, botên tarimah dipun ewani ing akathah kemawon, malah sinurak ambata rubuh.

Sêmang-sêmanging manahipun tiyang kala jaman samantên, dangu-dangu malah kanyataan, bilih kasamaranipun wau sajatosipun tanpa têgês, awit sadaya ancas ajênging para wanita, wohipun sami pinanggih sae. Kawruh anggènipun angsal saking pawiyatan dados piguna agêng mênggah ing gêsanging wanita, tur pinanggih salaras kalihan kawontênanipun, kados ta: dados guru pamulangan, dados punggawa kantor pos, dados juru ngupakara tiyang sakit, tuwin sanès-sanèsipun, lan sanadyan dados biyunging lare, inggih saya prayogi.

Sarêng kamajênganing wanita sampun ambyah pinanggih kados makatên, raos ingkang kados jaman kina punika lajêng kuwalik balêjêt, tiyang malah gêntos prihatos manawi botên sagêd nyêkolahakên anakipun èstri. Mripatipun [Mripatipu...]

--- 1565 ---

[...n] ingkang kala rumiyin sêpêt kangge nyawang lare èstri sêkolah, sapunika santun araos sêdhêp. Manawi ningali wanita nyangking tas badhe dhatêng padamêlan, manahipun katatarik, dene malah mantêsi, dene tumraping para èstri ingkang diwasanipun pinanggih ngancik wontên ing jaman kamajêngan, kathah ingkang kêtuwuhan osik, yèn ta sagêda ugi badhe tumut majêng, nanging sarèhning sampun kalajêng dados golongan mrêtanggêl, pamarêming manah narimah nyawang dhatêng kamajênganing bangsanipun èstri ingkang kantun.

Ing sapunika kamajênganing para wanita wau nama sampun manggèn, tiyang manawi sumêrêp para wanita cêpêng damêl wontên ing kantor-kantor, dados guru tuwin sanès-sanèsipun, sami sênêng ing manah.

Sayêktosipun kamajêngan punika namung tansah mindhak-mindhak, tuwin warni-warni sangêt ingkang kenging dipun jôngka tuwin salaras kalihan kawontênaning wanita. Dados ingkang nama salaras wau, manawi dipun lampahi inggih nama botên nyalênèh, yèn dipun manah anyalênèh, inggih namung jalaran saking sawêg katêmbèn katingal.

Ing sapunika gêntos nyariyosakên kamajênganing wanita kêkalih ing Surakarta ingkang majêng dhatêng lampah among dagang, sapisan, angatingalakên ancasing kamajênganipun wanita dhatêng bab lêlampah dagang, kaping kalihipun ngatingalakên anggèning wanita wau angajêngakên barang dêdamêlan kagunaning para wanita, inggih punika ingkang dipun gêlar wontên ing toko padhasaranipun. Murih têrangipun, sêratipun juru kabar Kajawèn ingkang manjurung bab punika, mawi sinawung ing sêkar, kapacak ing ngriki, kados ing ngandhap punika:

[Kinanthi]

Ngèsthi nêmbah trusing kalbu / trus gati pamurtyèng bumi / kang kadya pradapaning rat / ing mandrawa kang umèksi / sayêkti katon sadaya / kang ala kalawan bêcik //

apan ta ing wiyosipun / kawula atur pawarti / ing nagari Surakarta / pan wontên putri kêkalih / kang wus misuwur ing jana / nama Dèn Ajêng Sumarni //

dene ta ing arinipun / nama Radèn Ajêng Nari / kêkalih ingkang pêputra / Radèn Mas Tumênggung swargi / Sumadarmaja putranya / Bandara Aria nami //

Suryadarmaja puniku / kang pêputra Kangjêng Gusti / Aria Mangkunagara / kang kaping katri mandhiri / dadya kêkalih punika / taksih darahing narpati //

amanjingi jaman maju / gopyak-gapyak tur pratitis / dêdagangan warna-warna / sêdhêng datan nguciwani / pangagêman putri priya / nam-naman kang pèni-pèni //

gêgambaran bagus-bagus / Ni Wênwingkên têngrannèki / sadaya sarwa sadhiya / ing tokonira sang putri / Pasar Pon ing Surakarta / majêng ngalèr kidul margi //

satuhu lamun panuntun / pantês sinudarsana di / gambar sumandhing punika / warnaning putri kêkalih / dene ing pamujiningwang / mring sagunging pra pawèstri //

samia ing tekad mau / sampun umandhêk tumolih / tilara panggalih kuna / nalika wêruh sajati / pangarah kanthi waspada / kang kandêl bawaning pikir //

binudi sarananipun / dadia timbangannèki / jalu èstri datan beda / papandumaning pambudi / kula kang mawas buwana / datan nêdya matur sisip //

Kados makatên mênggahing kamajêngan ingkang kacariyosakên [kacari...]

--- 1566 ---

[...yosakên] punika. Kamajêngan wau, sarèhning nama sawêg katêmbèn, dene ingatasing putri kaparêng nindakakên padamêlan angasta toko kados makatên, tamtu wontên ingkang botên anyondhongi, nanging botên sande tamtu badhe dados têtuladan ugi.

Bankèt Pisang

Golonganing pisang wulêt, kados ta: gajih, agung, byar, candhi tuwin sanès-sanèsipun, ingkang taksih mêntah nanging sêpuh, sasampuning kaoncekan rêsik, lajêng dipun gêbingi (dipun sigari utawi karajang) kados sacaranipun badhe damêl criping, punika lajêng kaêpe, tamtunipun enggal garing. Manawi sampun garing saèstu nuntên kadhêplok sarta dipun ayaki lêmbat, punika dados galêpung pisang. Yèn sampun makatên, galêpung wau kaêpea malih, murih saya garing sayêktos tur kêmripik, lajêng andamêla adon-adonanipun makatên:

Jênenipun tigan 12 iji, kakêbluk sarêng kalihan gêndhis pasir 12 sendhok agêng, bilih murih babar kenging kaêmoran pêthaking tigan 5, nanging punika murugakên atos tumrap dadosipun têtêdhan. Mèlêk cap Nonah 6 sendhok agêng, mêrtega ingkang sae (merk Wood Dunn) 3 sendhok agêng, panili, murih arum gandanipun, ngangge soklat inggih prayogi. Punika pangublêkipun kêdah matêng, yèn sampun makatên lajêng kaulêtan galêpung pisang wau ngantos lumêr saèstu, nanging kaangkaha sacêkapipun kemawon (sampun ngantos kalêmêsên utawi kakasên), sapunika sampun nama jladrèn. Ing ngriku kantun nyithaki sakaparêngipun, punapa kangge wangun lètêran punapa kadospundi. Sasampuning kacithak nuntên kasèlèhna ing wadhah lèngsèr blèg utawi panci ingkang sampun kaosèr-oseran mêrtega, têrus dipun lêbêtalên ing êpan, yèn sampun matêng dipun êntas, punika kenging kasêbut nama bankèt pisang.

Namung wontên pèngêtipun: pangublêging tigan kêdah matêng (mumpluk sangêt), dene sakathahing têtêdhan bôngsa bankèt punika murih prayoginipun kêdah namung kaadonan mawi jênening tigan thok, yèn mawi pêthak tigan kakatutakên, ing ngriku dadosipun têtêdhan botên patos sae, tamtunipun kakên, tur atos kados ingkang pinanggih ing padhusunan, punapa malih kaduk gêndhis ugi kirang sae, amblêngêri. Pramila pêpèngêt sakêdhik punika prêlu kula kanthilakên ing ngriki, ing pangangkah lowung kangge gêgaran nênuntun sadhèrèk ing padhusunan ingkang sampun kêrêp kula prangguli ing parampadan, kajêngipun mawi bôndha kathah ngudi rêkah, nanging nyuda ecaning raos.

Mangsuli, pisang ingkang gêtas kulitipun utawi pisang ingkang tuntung kêcut, manawi kadamêl bankèt raosipun kirang eca.

Kajawi saking punika bilih pandamêlipun ngangkah kathah

--- 1567 ---

prayogi ngadonana malih kemawon kados ingkang sampun kula pratelakakên ing nginggil. Wawratipun têtêdhan kasêbut punika kalêbêt gampil tur sapele sangêt, nanging wontênipun ing meja parampadan dèrèng patos kêlimrah, saya malih ing padhusunan, pramila kêpêksa kula udhokakên ing udyana Kajawèn, ing pangangkah mugi sagêd dados tambahing sêsêrêpan sakêdhik.

Wasana bilih wontên kirang langkungipun cariwis kula punika nyumanggakakên, sampun kirang ing pangapuntên.

Kula: R.r. Juwariyah, Tumpang, (Niti Atmaja).

Rêmbagipun Sêmar, Garèng lan Petruk

Bab Ewah-ewahaning Pangangge.

Sêmar : E, ana wong macak mèntèng-mèntèng brêgase ngene, kathik dipadhakake lagi bal kostum utawa arêp mèlu Cap Gomèk, apa Garèng lan aku padha cêclorengan utawa nganggo piranti liya-liyane, kang pantês digêguyu. Rumasaku panganggoku kiyi lumrah, têgêse manganggo panganggoning wong tuwa kang sumêdya nganggo jamane, supaya aja dirèmèhake bangêt-bangêt karo sapadhaning umat.

Petruk : Aku mula iya rujuk bangêt, dene samono panggalihe Rama, awit sanyatane: wong tuwa kuwi bisa anjunjung anak, kosokbaline anak uga bisa anjunjung bapa, mungguhing têgêse: yèn bapa katon brêgas, anake iya banjur katon brêgas, ananging yèn si bapa katon nistha, mêngkono uga anake iya banjur mèlu kacepretan kanisthane mau, mulane supaya bisa anêtêpi kang kaya mêngkono mau, yèn Rama kabênêr olèh rêjêki, êmbuh saka anggone mênang dhomino, êmbuh kapriye, kuwi wajibe kudu nguncali karo putrane, dene yèn Rama lagi kasusahan utawa kamlaratan, ora prêlu kabar-kabar nyang anak-anake, mundhak ambêbingung bae.

Sêmar : Lha kuwi yèn anak, aja manèh wong tuwa katon brêgas, lagi wis ora duwe bae, paribasane wis nganti kaya pêlok, iya isih mêsa dibrakoti. Seje karo panêmune wong tuwa, ora prêlu si anak munjung pangan kang enak-enak utawa barang kang pèni-pèni, apa manèh munjung dhuwit, anggêre uripe anake wis kaya uwong bae, atine wis sênêng lan mêntas bangêt. Mara, saiki lairna panêmumu, kang agawe ora cocoging atimu mênyang panganggoning wong tuwa kang kaya aku kiyi.

Petruk : Lho kuwi mêngkene: Rama dhewe kêrêp ngandika, yèn wong tuwa kuwi ana ing donya luwih lawas tinimbang wong ênom, dadi sing dialami [dia...]

--- 1568 ---

[...lami] utawa sing dirasakke dening wong tuwa kuwi iya luwih akèh. Ing sarèhning kabèh-kabèh wis ngalami utawa wis ngrasakake, saikine kudu ngèlingi nyang akerate, têgêse: kabèh kabêsusan, kabèh kabrêgasan, kuwi kudu dipasrahake nyang para nonoman, wong tuwa kudu narima panganggo sing barès lan prasaja, asal rêsik bae rak cukup, nanging sing diprêlokake iya anggone manêmbah nyang Pangeran, kaya ta pangangone wong tuwa, kuwi cukup: sarung, klambi, kopyah, sandhal, disaranani kêkêmul sajadah, prêlune saênggon-ênggon, yèn arêp nindakake kuwajibaning limang wêktu, ora kangelan nganggo nguculi sêpatu, yèn arêp wulu, ora kangelan ambêbukak jas utawa rompine, lan ora prêlu cêthithang-cêthithing anggolèk panggonan kang rêsik, jalaran kuwatir yèn panganggone bakal rêgêd, seje nèk manganggo kaya omongku mau, le wulu iya ora kangelan, tur ora prêlu golèk panggonan rêsik-rêsik bangêt, sajadahe bae digêlar, rak wis cukup, kajaba saka iku rak banjur kêtêngêr bae, yèn sawijining wong kang mrêlokake nyang kuwajibane.

[Grafik]

Sêmar : O, mrica kêcut sauni-unine. Lah wong kowe, bocah kêtuwan tangguh, aliyas kêmajon. Wêruha wong bagus. Mulane aku wong tuwa manganggo brêgas mangkene iki, ora kok saka kaya kandhamu kuwi mau ora, sajatine saka anggonku anglêboni jaman, sanadyan bab sejene ora, ning panganggone wis anjamani, dadi ora diarani wong wêton museum. Mungguh kandhamu ing bab panganggone wong tuwa kaya aku kiyi, kudu sing prasaja, lan aja nganti lali sajadahe, kuwi pancèn iya ana bênêre, mung bae omongmu kok banjur sajake kaya wong tuwa kuwi kudu ngetokake anggone ngibadah. Pangiramu kang mangkono kuwi rak kaliru, wong manêmbah nyang Pangeran kuwi rak ora prêlu diketok-ketokake, lan ora prêlu dipamèrake, nanging sabênêre mung antêping tekad lan adhêping atine

--- 1569 ---

marang Pangeran, mula wong manêmbah nganggo dipamèr-pamèrake mau, mungguhing khake kuwi malah batal.

Garèng : Wis, Ma, ora prêlu Petruk diwangsuli dawa-dawa, mundhak mulêsi wêtêng bae, anggone moda-mada kuwi rak saka panase atine, jalaran kalah mèfèt karo Rama utawa aku.

Petruk : Toblas, anggone le plênthas-plênthus, kiraku ya sing kaya mêngkene kiyi sing sok diarani wong kumênthus.

Garèng : Wèl, wèl, wèl, pêrdhiblêng, ana wong kathik diunèkake kaya kênthus. Wong kuwi nèk atine panastèn, mêsthi iya ora kurang marga kanggo mêmoyok. Mara, tuturna nyang aku, apa panganggoku sing kurang brêgas. Klambine potongane iya ambangkik, clanane têkukan, dadi ora ninggal modhèl sêkarang, dhasine iya kèwês, mara, apa sing kurang.

Petruk : Lho, aku ora maido, anggonmu brêgas nganggo panganggo kaya mêngkono kuwi, mung bae aku arêp takon, apa iya kalêbu ing panganggo gagrag anyar, ana nganggo sêpatu kok beda-beda, sing buri sêpatu lanang, sing ngarêp têka sêpatu wadon, tungkake jinggring.

Garèng : Lha kuwi, wong kuwi nèk kurang pangajaran, mêsthi ora cathekan, jare wong Jawa kuwi ênggoning sêmu, dene mangkono bae têka ora ngrêti, rungokna dak jarwani, anggone sing ngarêp sêpatune tak kon dèlèhi tungkak sing dhuwur, kuwi mangkene: sikilku ngarêp kuwi rêsikan tur risèn, nèk ana barang rêgêd sathithik bae, karêpe moh ngambah, gêlême iya sarana jingjit. Ig sarèhning karêm bangêt nyang jingjit, mulane tungkake tak kon dhuwurake, prêlune supaya aja rèwèl bae.

Petruk : We, lha, lagi tumon kiyi, ana sikil kathik nganggo kêdunungan rèwèl barang.

(Badhe kasambêtan).

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

Wontên pawartos, Mistêr Ali Sastraamijaya, adpokat ingkang manggèn ing Ngayogya, badhe dipun êsrahi nyêpêng kalawarti Jangêt. Ing sapunika kalawarti wau dipun cêpêng Mistêr Suyudi, ananging sarèhning panjênênganipun botên gadhah wêkdal ingkang nyêkapi, lajêng badhe dipun pasrahakên dhatêng golongan pangajaran ingkang taksih gadhah wêkdal kobèt.

Jalaran saking N.I.S. tansah dipun jori ing oto bis, wiwit tanggal 1 wulan punika, N.I.S. ngandhapakên prabeya, tiyang kenging tumbas karcis wongsal-wangsul, saha kenging dipun angge salêbêtipun kalih dintên. Saking Ngayogya dhatêng Surakarta ingkang rumiyin salampahan f 0.84, sapunika wongsal-wangsul namung f 0.89. Kajawi punika, tumrap margi sêpur ingkang botên angsal tandhingan, oto bis, inggih badhe dipun wontênakên pranatan kados makatên.

Saking rêmbaging rad komisaris N.V. Volkshuisvesting, ing Batawi prêlu dipun wontênakên griya sewan wiwit f 20.- dumugi f 70.-, waragadipun kintên-kintên f 500.000. Ing bab badhe suwakipun huurcommissie benjing Januari taun ngajêng, kathah [ka...]

--- 1570 ---

[...thah] juru nyewakakên griya ingkang suka sumêrêp dhatêng pitadosipun, badhe ngindhakakên sewan griya.

Awit saking panêdhanipun bôngsa Banjarmasin ing Batawi, benjing tanggal 5 Dhesèmbêr ing kampung Pakojan badhe dipun êdêgi H.I.S. Mohamadiyah ingkang nomêr 5, tuwin ugi badhe ngêdêgakên puliklinik. Bôngsa Banjarmasin ingkang kadugi ambiyantu waragad, Haji Tamin Said, Haji Anang Ali, Haji Majidi tuwin Permansah.

Ing Bandhung kathah tiyang ingkang katrajang sêsakit typhus tuwin diphterie, nanging kosokwangsulipun, tiyang ingkang katrajang sakit dysentrie kirang, miturut cathêtan, wontênipun tiyang ngajal, sabên tiyang sèwu, ing dalêm sataunipun, bôngsa Eropah 12.6, tiyang siti 19.6, bôngsa Tionghwa 20, gunggunging tiyang ngajal bôngsa Eropah wau kalêbêt pêjahing bayi tuwin têtiyang ingkang sampun sêpuh.

Kala tanggal 8 wulan punika, kulawarganipun Tuwan Martak, bôngsa Arab, cacah tiyang 11 ing Surabaya sami sakit sangêt, jalaran sami mêntas ngombe puhan. Miturut pamriksan, puhan wau kêwoworan warangan. Sanès dintên malih kawartosakên, bilih ingkang sami sakit wau sampun saras, nanging taksih prêlu dipun upakara ing dhoktêr. Pulisi taksih pados katrangan ingkang andadosakên jalaranipun.

Dhepartêmèn paprangan apdhèling I angradinakên sêrat sêbaran dhatêng kumêndhan-kumêndhan militèr, supados andhawuhakên kêncêng sampun ngantos wontên tiyang-tiyang militèr ingkang gadhah tindak kasar tuwin siya dhatêng tiyang ingkang nglawan dhatêng pamarentah ingkang kacêpêng, punapadene tumrap tiyang sanèsipun, awit tindak makatên wau adamêl awoning golongan militèr. Makatên ugi tindak kasar tuwin panganiaya punika dados jalaraning prakawis, ingkang katindakakên ing pangadilan.

B.O. Apdhèling Ngayogya golongan pamulangan, benjing wulan Sawal ngajêng punika badhe ngêdêgakên pamulangan samantên tumrap lare èstri tuwin sêkakêl sêkul.

Haji Dulgani ing Losari Lor, Cirêbon, kecalan èrloji êmas rêgi f 75.-, kulawarganipun sami gadhah pandakwa dhatêng lare umur 13 taun. Lare wau dipun takèni botên ngakên, lajêng dipun pisakit, wusana andados sakit lan ngajalipun. Saking kasamaranipun kaji, mayitipun lare wau lajêng dipun pêndhêm wontên ing papan sêpên, nanging ugi lajêng kasumêrêpan ing pulisi.

Ing H.B.S. ing Bandhung, bèling pamulangan kasumêrêpan ical, kakintên jalaran saking pandamêling murid, lan malih lawanging sêkolahan wau ingkang ngajêng, dipun paku ngantos botên kenging kabikak. Sadaya wau kakintên jalaran saking dhirèkturing pamulangan wau botên dipun sênêngi ing para murid.

Tuwan Coenraad leidêr pèl pulisi ing Jombang, mêntas nyêpêng bôngsa Tionghwa nama Tan Gok wontên ing Surabaya, jalaran kadakwa mêjahi Nyonya Owi Cèng Lao ing Jombang, ingkang sampun kawan taun kêpêngkêr. Kala mêntas mêjahi, tiyang wau lajêng kesah saking tanah Jawi, sarêng wangsul dhatêng tanah Jawi, nalika sawêg têtumbas barang wontên ing toko, lajêng dipun cêpêng.

Sawênèhing among dagang ing Surabaya ingkang akèn dhatêng punggawanipun supados dhatêng Dhigul, prêlu kapurih sêsadean barang-barang dhatêng toko kopêrasi, tuwin sanès-sanèsipun, tampi tilgram saking Ambon, mratelakakên, bilih sawatawis môngsa, têtiyang dagang botên kenging malêbêt ing Dhigul, anindakakên ing bab prakawis among dagang.

Tiyang nama Sadimêja ing dhusun Bêran, Surakarta, nalika wangsul saking Sônja, anakipun nama Sadirah umur sataun, botên wontên. Sarêng dipun padosi botên kapanggih lajêng lapur ing pulisi, wusana sarêng sampun kalih dintên, manggih mayiting anakipun wau, ingkang sampun dipun pêndhêm wontên ing sabin. Pulisi sampun angsal katrangan, ingkang mêjahi lare wau tiyang nama Siwil, jalaran saking melikakên panganggening lare wau, awarni anting-anting êmas rêgi f 7.50 tuwin gêlang salaka rêgi f 5.- Siwil sampun katahan ing pakunjaran.

Pawartos saking Administrasi.

Lêngganan nomêr 3453 ing Muara Aman. Sampun têmtu kemawon. Sumôngga kula aturi miwiti. (4 gratis 1, 8 gratis 2 salajêngipun).

Lêngganan nomêr 2474 ing s.f. Juwana. Tanjanipun wisêl f 1.50 ingkang f 0.50 kangge nglunasi tunggakan wulan Juli, dene ingkang f 1.- kangge wulan Nopèmbêr saha Dhesèmbêr ngajêng punika.

Lêngganan nomêr 2905 ing Dhukun. f 1.50 ingkang nêmbe kula tampi, lêrês tumrap kwartal 1 taun 1929, buku sampun kakintunakên.

Lêngganan nomêr 260 ing Klathèn. Pos wisêl f 1.50 sampun katampi. Tumrap kwartal 1 taun 1929.

Lêngganan nomêr 3647, ing Bagarêja. Ngalamating Kajawèn sampun cocog kalihan sêrat panjênêngan. Kintunan ajêg. Botênipun dhatêng wau ambokmanawi wontên ingkang ganggu. Dhuplikat 86 sampun kakintun.

Lêngganan nomêr 2819, ing Sala. Bab ingkang makatên punika saèstunipun adamêl susah ngrika-ngriki, saya malih kula. Ananging gèk kadospundi, sintên ingkang kula dakwa. Dhuplikat ngaturi.

Lêngganan nomêr 958, ing Wanarêja. Langkunganing yatra almênak wontên f 4.- sadaya kangge Kajawèn 1929.

--- 1571 ---

Cariyos Warni-warni

Paningal.

Karanganipun Sang Rabindranath Tagore, kajawèkakên dening redhaksi Kajawèn.

2

Ing sawênèhing dintên, ingkang jalêr murugi dhatêng papan patilêmanipun ingkang èstri kanthi wicantên amêmêlas asih: Dhuh Kuma, ing saiki aku ora bisa ngampêt manèh, mungguh sanyatane kang gawe rusaking mripatmu iku, iya aku iki.

Kuma ing manah karaos bilih wicantênanipun ingkang jalêr wau, kanthi rêkaos, jalaran botên sagêd ngampêd luhipun, amila tanganipun ingkang jalêr wau lajêng kacandhak saha wicantên makatên: Dhuh kakang, ingkang makatên punika rak sampun dados wêwênang sampeyan, awit punapa ingkang sampun sampeyan tindakakên, punika rak nindakakên punapa ingkang sampun dados kagungan sampeyan piyambak. Môngga sampeyan galih, saupami dhoktêr mônca utawi dhoktêr sanès-sanèsipun ingkang dhatêng ngriki, anjalari wutaning mripat kula, punika punapa ingkang kangge nglêlipur manah kula. Ananging sapunika kula rak sagêd ngraosakên, manawi karsa sampeyan punika sae, lan tumraping kula, punika dados panglipur agêng, jalaran wutaning mripat kula saking asta sampeyan. Sumôngga kagaliha malih, nalika Bamcandra sêsaji dhatêng Pangeran, amanah bilih sêkar tuntung satunggal punika kirang sangêt, amila ingkang kangge lêlintu lajêng mripatipun piyambak, makatên ugi kula, inggih nyajèkakên mripat kula dhatêng Pangeran. Wiwit dintên punika ugi, manawi panjênêngan priksa punapa-punapa ingkang sagêd damêl sêngsêming tingal panjênêngan, karsaa ngandikakakên dhatêng kula ingkang talêsih, lan pangandika panjênêngan wau badhe kula pigunakakên, kadosdene ganjaran adi, saking têtirahanipun ingkang panjênêngan pariksani.

Mênggah ingkang dipun lairakên Kuma inggih botên angêplêki kados têtêmbungan ing nginggil punika, amargi tamtunipun inggih angèl sangêt anglairakên têtêmbungan makatên punika ing wêkdal punika ugi, ananging pun Kuma salajêngipun sabinsabên. dintên lajêng ngulinakakên mêmikir têtêmbungan ingkang makatên punika, lan manawi Kuma kalêrês susah utawi kadhangkala têntrêming manah dados pêtêng, ingkang lajêng anjalari ngangluhakên kasusahanipun wau, Kuma lajêng mêksa dhatêng pikiranipun, anglairakên têtêmbungan ing nginggil wau satunggal-satunggal, botên beda kalihan lare ingkang wongsal-wangsul anglairakên dêdongengan ingkang mêntas dipun mirêngi. Jalaran saking punika, manahipun Kuma lajêng sagêd manggèn ing katêntrêman tuwin lajêng narimah ing pandum. Kalanipun tiyang kêkalih wau sami rêrêmbagan, wicantênipun Kuma sampun cêkap kangge suka sumêrêp kadospundi mênggahing raosing manahipun ingkang èstri.

Ingkang jalêr wicantên: Dosaku kang wus tak tindakake saka kabodhoanku mau wis ora kêna tak dandani manèh, mung saêbab kang aku bisa nglakoni, salawase aku bakal ana ing sisihmu, prêlu arêp ngudi bêcike anggonmu kelangan mripat mau kanthi sabisa-bisaku.

Kuma amangsuli: Sampun, manawi makatên punika rak botên sae, kula botên kenging mêksa dhatêng sampeyan, supados sampeyan punika adamêl griya kados griya sakit tumrap tiyang wuta. Ingkang prayogi katindakakên malih namung saêbab, inggih punika panjênêngan kêdah krama malih.

Nalika Kuma nêdya badhe nêrangakên, mênggah ingkang makatên punika prêlu sangêt, swaranipun sawatawis andharêdhêg. Kuma lajêng dhèhèm-dhèhèm, prêlunipun kangge ngumpêtakên trênyuhing manah, ananging ingkang jalêr ujug-ujug lajêng wicantên sora makatên: Kuma, aku ngrumasani, yèn aku iki gêndhêng, umuk-umukan lan liya-liyane manèh, ananging aku dudu wong ala, aku yèn nganti rabi manèh, aku prasêtya mênyang kowe, prasêtyaku iki abot-aboting prasêtya mungguhing Pangeran, muga-muga dosa kang gêdhe dhewe, iya iku dosaning anak matèni bapa, tumibaa ing awakku.

Yèn ta sagêda, Kuma botên angsal ingkang jalêr prasêtya ingkang samantên awratipun, ananging jalaran saking tangis, cangkêmipun kados dipun bungkêm, tuwin jalaran saking bingah, ngantos botên sagêd wicantên punapa-punapa. Kuma lajêng ngungkêp-ungkêpakên mripatipun ingkang wuta punika wontên ing bantal, saha lajêng nangis angguguk botên kèndêl-kèndêl, wusana sarêng tangisipun sampun mêndha, Kuma lajêng grayah-grayah ngrangkul ingkang jalêr, wicantênipun: Kakang, punapaa sampeyan têka prasêtya ingkang samantên awratipun, punapa sampeyan ngintên, anggèn kula ngaturi krama punika murih kangge kasênêngan sampeyan piyambak, punika rak botên, kula manah dhatêng badan kula piyambak, prêlunipun, supados garwa sampeyan enggal punika sagêd angladosi sampeyan, ingkang lêrêsipun kula ingkang ngladosi, ing kalanipun mripat kula taksih saras.

Ingkang jalêr amangsuli: Ngladèni, ngladèni, ngladèni iku rak wajibing batur. Apa kowe ngira yèn aku ngingu batur ana ing sajroning omahku kene, sumêdya gêndhêng-gêndhêngan, nari mênyang batur mau supaya [su...]

--- 1572 ---

[...paya]

panguwasaning omah kene tak bage karo dhèwèke: pêpundhènku.

Kalanipun ingkang jalêr ngucap pêpundhènku, kalihan nyêpêng rainipun ingkang èstri saha nucup kaprênah ing bathuk sasêlaning alis. Kala punika sanadyan mripatipun Kuma kalih pisan sampun wuta, ananging ing batos lajêng langkung waspada, wiwit punika awas ing batos.

Kuma lajêng ngunandika makatên: Ya bêcik. Anane ing donya kene tumrap kaprêluwaning omah-omah, aku ora bisa ngladèni ing dhèwèke, ananging aku malah arêp manggon ing kaluhuran, yaiku kaluhuran kang isi karahayon, sarana nyirnakake goroh, aja nganti aku rumasa anduwèni gêtun, uripku dhèk biyèn kang arasa cidra sawatara, iku kudu ilang babarpisan.

Ing dintên punika ugi, ing sadintên muput, Kuma ngraos, bilih salêbêting sanubarinipun tansah cêcongkrahan, saha lajêng dipun rampungi piyambak. Bingahing salêbêting pikiranipun, ingkang jalaran saking anggèning ingkang jalêr anglairakên prasêtya awrat wau, mokalakên manawi ingkang jalêr rabi malih, punika oyod-oyodipun tumunjêm ing manahipun Kuma, lan Kuma piyambak sampun botên kêdugi ambubudi oyod-oyodipun wau. Ananging tumrap paningal ing batos, ingkang jumênêng enggal wontên sanubarinipun Kuma sampun cêtha: bokmanawa ana môngsa kang tinêmu, kang mungguhing bojomu, bêcik angudhari prasêtyane lan banjur rabi manèh. Nanging pangraosing èstri ing badanipun wicantên makatên: bisa uga mangkono, ananging sanadyan kapriyea kae, prasêtya têtêp prasêtya, lan bakal ora bisa wudhar saka prasêtyane. Lajêng wontên swara malih makatên: Kang mangkono iku dudu sabab kowe banjur bisa bungah-bungah. Ananging pangraosing èstri lajêng wicantên malih makatên: Gunêmmu iku pancèn bênêr bangêt, ewadene dhèwèke wis anglairake prasêtyane mau. Makatên ing salajêngipun tansah wangsul-winangsulan. Wusananipun swara ingkang rumiyin lajêng kèndêl, lan pêpêtênging manah ingkang ngajrih-ajrihi wau lajêng dhumawah.

Lakinipun pun Kuma ingkang tansah gêgêtun wau, botên suka manawi rencang-rencangipun angladosi dhatêng pun Kuma, awit piyambakipun piyambak ingkang badhe nindakakên sadaya. Ing sakawit ingkang makatên punika inggih adamêl gênging pirênanipun pun Kuma, awit ngrumaosi, sanadyan prakawis ingkang rèmèh pisan, mêksa gumantung dhatêng ingkang jalêr. Ingkang makatên punika Kuma rumaos manggih satunggiling rekadaya murih ingkang jalêr tansah wontên ing sacêlakipun, lan wiwit wuta mripatipun, saya dipun cêlaki ingkang jalêr, saya bingah manahipun. Lêrês mripatipun Kuma ingkang wuta wau botên sumêrêp kalanipun ingkang jalêr wontên ing ngriku sakêdhap, ananging ingkang ngajêng-ajêng sangêt dhatêng wontênipun ing ngriku ingkang jalêr wau, pangraosing pôncadriya sanès-sanèsipun. Manawi ingkang jalêr kalêrês botên wontên ing sacêlakipun ingkang èstri, pangraosipun pun Kuma kados gumantung wontên antawising langit lan donya, lan lajêng kados botên wontên ingkang kenging kangge cêpêngan. Kala rumiyin, manawi ingkang jalêr dhatêngipun saking griya sakit kasèp, pun Kuma lajêng ambikak jandhela, lan tansah ngincêr dhatêng marginipun kemawon, margi wau ingkang dados sêsambêtan gathuking jagadipun Kuma kalihan ingkang jalêr, samangke sarêng sêsambêtan wau pêdhot dening wutanipun pun Kuma, rumaos badanipun sakojur kados angupadosi ingkang jalêr, uwot ingkang dados sêsambêtaning tiyang kêkalih wau longsor, lan ing samangke rumaos amanggih jurang lêbêt, ingkang botên kenging dipun langkungi, amila manawi ingkang jalêr wau kesah, rumaosipun pun Kuma, kadosdene jurangipun wau saya wiyar. Sagêdipun pun Kuma namung ngêntosi samôngsa ingkang jalêr anyabrang ing jurangipun wau.

Ananging mênggahing pangraosipun Kuma, pangajêng-ajêng ingkang kêncêng, saha gumantung ing liyan ingkang sangêt punika, tamtu botên sagêd sae ing salami-laminipun. Rumaosipun pun Kuma, tiyang èstri punika adamêl susahipun ingkang jalêr, lan manawi kawêwahan kalihan wutaning mripatipun ingkang èstri, punika atêgês damêl susahipun ingkang jalêr ingkang botên kuwawi dipun sanggi. Ingkang punika pun Kuma lajêng prasêtya sumêdya badhe anglampahi susah piyambak, lan salaminipun, ambudidaya supados ingkang jalêr sampun tumut-tumut angraosakên dhatêng sadaya kasusahanipun, ingkang jalaran wutaning mripatipun pun Kuma wau.

Botên ngantos watawis dangu pun Kuma sagêd kasêmbadan, sarana panggrayangan, pamirêng lan panggônda sagêd nindakakên piyambak, sawarnining padamêlan ing salêbêting griya. Ing ngriku pun Kuma ngrumaosi anggènipun tumindak ing damêl, sanyata langkung rikat tinimbang kala rumiyin, amargi mripat punika asring-asring malah sok anyalèwèngakên, botên ambantu dhatêng padamêlan. Ingkang makatên wau lajêng kalampahan, sarêng mripat ingkang nyalèwèng wau botên sagêd nindakakên padamêlanipun malih, sadaya raosing pôncadriya sanès-sanèsipun, sagêd nindakakên kuwajibanipun piyambak-piyambak kanthi saèstu tuwin tumêmên.

Sarêng Kuma anggènipun nindakakên tansah lajêng kemawon saha dados kulina, Kuma lajêng angawisi dhatêng ingkang jalêr nindakakên padamêlan punapa kemawon ing salêbêting griya. Ing sakawit, ingkang jalêr sêsambat sangêt, dene linuwaran saking anggèning badhe nêbus dosanipun, ananging ingkang makatên wau ingkang èstri botên ngandêl, awit piyambakipun sagêd mangrêtos, bilih ingkang jalêr sanadyan wicantêna kadospundi kemawon, sajatosipun lêga raosing manah, dene sampun uwal saking padamêlan salêbêting griya, pangraosipun pun Kuma, angladosi tiyang èstri wuta sabên dintên, punika rak botên sagêd damêl panujuning gêsangipun tiyang jalêr.

(Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 92, 3 Jumadilakir Taun Alip 1859, 17 Nopèmbêr 1928, Taun III.

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1573] ---

Ôngka 92, 3 Jumadilakir Taun Alip 1859, 17 Nopèmbêr 1928, Taun III.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Sagantên Indiya.

[Grafik]

Gambar ingkang kacêtha ing nginggil punika, mênggahing bôngsa Sundha kaprahipun kawastanan lèpèn Pameungpeuk ingkang katingal pating janggunuk punika sela ingkang minôngka pantogan lampahing toya. Dene dunungipun lèpèn wau wontên ing tanah Priyangan sisih kidul.

--- 1574 ---

Panggulawênthah Lare

Pamardi Siwi.

Salêrêsipun lare ingkang badanipun bagas kasarasan sarta kagulawênthah kalayan sae: awis-awis nangis. Jam sakawan enjing sampun tangi, klemahan ing patilêman, swaranipun rame, gêgujêngan ngèkèk-ngèkèk sarwi kroncalan sarta sraweyan, damêl sêngsêmipun ingkang sami nênggani. Dhasar nyata: wijining tangis namung badan kirang saras, kirang sakeca, kirang sêgêr. Nanging kawuningana: lêpating panggulawênthah sagêd ngewahakên prakawis punika. Mila inggih layak kemawon, kathah lare Jawi wanci sêsêpan, badanipun sêgêr, nanging doyan nangis, rintên dalu prasasat botên kèndêl-kèndêl. Makatên punika kabêkta saking klèntu panggulawênthahipun, anggêr nangis enggal-enggal dipun sêsêpi murih kèndêl. Lamining ngalami lare ngrêtos dhatêng lageyaning ibu utawi êmbanipun, têmahan tangisipun kangge dêdamêl nêdha toya sêsêpan.

Sarêng lare mindhak agêng, sagêd mlampah, wiwit sagêd ginêman, clewa-clewo, saya agêng bekanipun awit sampun mangrêtos bilih dêdamêlipun: tangis, ampuh sangêt, sagêd anggègèrakên tiyang sagriya, sadaya suyud dhatêng piyambakipun, lah kadadosanipun bilih lare wau nêdha dolanan lajêng ringik-ringik. Ibu utawi êmbanipun gupuh ngladosi, awit sampun sumêrêp watêking momonganipun: yèn ora dituruti masthi nangis.

Ha. Sintên ingkang tansah nuruti panêdhanipun anak namung jalaran badhe ngênêng-ênêngi panangisipun, tôndha yèn têluk dhatêng anak.

Sawênèhing tiyang saking trêsna sarta ngemanipun dhatêng anak, sapanêdhanipun dipun turuti, nêdhaa barang ingkang awis rêginpun, inggih dipun tumbasakên, sakajêng-kajêngipun awon sae tansah dipun uja, botên pisan-pisan dipun pênggak.

Na. Sampun dupèh sagêd nyampêti anak, lajêng nguja sapanêdhanipun, makatên punika sayêktosipun dados racun, wisa.

Lêpating panggulawênthah ingkang kasêbut ing ha lan na wau nuwuhakên awon pintên-pintên prakawis.

1. doyan nangis. | 2. gadhah anggêp mênangan. | 3. wiyaèn, sugih lêlewa. | 4. gumêdhe, kumluhur-luhur. | 5. uluamah, murka. | 6. mursal, murang sarak. | 7. saèn, ngisin-isinakên. | 8. botên gadhah panarimah. | 9. kêsèd, lumuh. | 10. tiyang sêpuh dados dolananing anak.

Tiyang sêpuh ingkang kados makatên, pangraosipun inggih taksih nguwaosi anakipun, botên anggraita bilih piyambakipun sampun tanpa daya, têluk dhatêng anak. Lah yèn sampun [sa...]

--- 1575 ---

[...mpun] kalajêng makatên, prentah utawi awisanipun sampun botên karèwès, ing ngriku sawêg rumaos sampun botên gadhah panguwaos, lajêng ngupados akal sagêda pulih panguwaosipun, nanging kok andayani inggih botên, mandar sirna babarpisan, glèthèk pêthèlipun ngapusi utawi anggorohi anakipun, mawi têtêmbungan ingkang botên-botên, upaminipun: mênêng, mênêng ta, jaba kae ana momok, ora wêdi kowe. Lo, mok, mok, gilo bocah nangis cakotên, utawi: ayo, cêp, mênêng, rasakna nèk ora mênêng, tak pênthung alu êndhasmu bôngka. Utawi: iya, sesuk masa tak êjak nonton ngantèn, nèk ora mênêng, utawi: mênêng gèr, mênêng, bocah ayu-ayu kok nangis, sesuk tak tukokake montor sing dhot-dhot kae. Nasinga dayananging sadaya. pangarih-arih pambujukipun wau tanpa guna, awit anakipun sampun sumêrêp, bilih sadaya wau dora, kados ingkang sampun.

Ca. Sintên ingkang ngêmpalakên têmbung lalawora kangge ngênêng-ênêngi anakipun, badhe sirna panguwaosipun, lan têtela sampun katêlasan akal.

Lêpating panggulawênthah ingkang kasêbut ing: ca wau nuwuhakên watêk warni-warni ingkang langkung awon malih.

[Grafik]

Lare ingkang sawêg sami penekan.

1. anak sirna pitadosipun dhatêng tiyang sêpuh, bapa biyung kaanggêp tukang goroh. | 2. kêtularan rêmên dora. | 3. sangsaya mursal sarta murang sarak. | 4. ical ajrihipun dhatêng tiyang sêpuh. | 5. saya wiyaèn. | 6. anak dados satruning bapa biyung. | 7. doracara, botên sêtya. | 8. anak botên gadhah trêsna dhatêng tiyang sêpuh.

--- 1576 ---

Gèk kadospundi yèn anak sirna katrêsnan sarta pitadosipun dhatêng bapa biyung. Lah ing ngriku lare badhe ajur mumur, dados lesaning sadaya pandamêlan watêk awon.

Sawênèhing tiyang, saking pangemanipun dhatêng anak, sanajan anakipun sampun sagêd lumampah, taksih dipun êmban, mêsakakên yèn anakipun tumapak ing siti, anakipun botên angsal nyambut damêl ingkang ènthèng-ènthèng ingkang pancèn kuwawi nindakakên, môngka sayêktosipun padamêlan wau piwulang ingkang migunani sangêt dhatêng anakipun, bapa biyung utawi tiyang salêbêting griya sami ngladosi nêdha, andulang, mêndhêtakên toya sarta ngombèni pisan, bibar nêdha lare botên prêduli dhatêng piring, kobokan, sendhok, gêlas ingkang mêntas dipun angge, lajêng katilar klepat, biyung utawi rencangipun ingkang nyingkir-nyingkirakên sarta ngasahi, ing wanci sontên kalanipun lare badhe mapan tilêm, inggih dipun ladosi malih, kapêndhêtakên sarta katatakakên gêlaran, bantal miwah kêmulipun. Bilih anakipun santun pangangge, sruwal utawi rasukan, sanajan sampun sagêd ngangge piyambak, inggih dipun anggèkakên. Anakipun andèkèk pangangge saênggèn-ênggèn, pating klemprak, botên prênah, inggih dipun kèndêlakên kemawon, botên kapurih nglêmpit utawi nyimpên ingkang gênah. Bilih dolananipun dhawah saking meja utawi mancêlat têbih, rencang utawi ibunipun piyambak gupuh mêndhêtakên. Sarêng anakipun sampun bosên, botên prêduli dhatêng dolananipun, katilar saênggèn-ênggèn. Pun biyung botên pisan-pisan angèngêtakên, supados anyimpêni dolananipun ing panggenan ingkang prênah, mandar pun biyung piyambak ingkang mêndhêti sarta nyinggahakên, cêkakipun, anak taksih dipun tulungi lan dipun ladosi, nyambuta damêl ingkang mayar, ingkang pancèn sagêd nindakakên, inggih botên suka, ungêlipun: mêsakake.

Ra. Pangeman dhatêng anak ingkang makatên wau lêpat agêng sangêt, awit wuwuhakên awon kados ing ngandhap punika.

1. lumuh, kêsèd. | 2. botên anggatosakên prentahing bapa-biyung. | 3. manahipun miyur, tansah ngajêng-ajêng pitulunganing sanès. | 4. kirang cikat ing damêl. | 5. botên kaconggah nyanggi damêl piyambak, tanpa kanthi. | 6. botên opèn dhatêng barang darbèkipun. | 7. kêmproh, botên kulina dhatêng pranatan sae. | 8. èngêtanipun kêthul. | 9. bodho, kirang jajah dhatêng samubarang damêl.

Sawênèhing tiyang wontên ingkang cidra dhatêng anakipun, janji utawi kasagahanipun botên têtêp, prentahipun botên ajêg, têrkadhang nalika sênêng-sênêng gêgujêngan, ambeda dhatêng anakipun mawi têmbung ngayawara ingkang nasarakên manahing anakipun, kados ta yèn anakipun takèn: gajah iku gêdhene sapira, Pak. Wangsulanipun: saomah, utawi salalêr. Manawi dipun takèni: montor kae sing nglakokake sapa Pak. [Pa...]

--- 1577 ---

[...k.] Wangsulanipun: sing nglakokake setan. Lan sanès-sanèsipun malih têmbung ingkang ngayawara.

Ka. têmbung ngayawara ingkang kados makatên punika adamêl risak manahipun lare, pamanggihipun kêsasar, wasana nuwuhakên:

1. botên pitados dhatêng wicantênipun bapa biyung. | 2. pamanggihipun kêsasar utawi klèntu. | 3. sinau doracara.

Wontên malih tiyang ingkang sabên enjing nyukani arta anakipun kangge sangu ngaos utawi sêkolah, yèn makatên kemawon dèrèng sapintêna awonipuin. Tarkadhang arta wau dumunung epahan anggèning anakipun purun dipun kèn ngaos, sêkolah, dipun cukur, dipun dusi, dados purunipun miturut manawi dipun epahi. Tarkadhang manawi anakipun nakal, dipun êrih-êrih mawi têmbung manis utawi têmbung pangonggrong, utawi dipun sagahi punapa-punapa murih mantuna nakal.

Da. Lêpating panggulawênthah ingkang kados makatên, nuwuhakên watak.

1. kirang bêkti lan ajrih dhatêng bapa biyung. | 2. namung manut prentahing yatra utawi epah. | 3. murka, kêthaha, ngôngsa-ôngsa. | 4. ngêbrèh, botên gêmi. | 5. kirang tumêmên pasinaonipun. | 6. yèn botên tampi epah: andagang prentah. | 7. rêmên dolan, jalaran gadhah arta. | 8. sangsaya nakal, jalaran sabên sabên dipun epahi lan dipun êrih-êrih. | 9. botên andêlan, awit bapa biyung asring cidra ing janji. | 10. rumaos mênangan. | 11. ngapusi bapa biyung supados angsal yatra. | 12. ladak, gumêdhe, digung. | 13. kirang tatakrama, kirang ajar.

Nyuwun pangapuntên.

Sêdya Utama.

--- 1578 ---

Kawruh Sawatawis

Cangkriman.

Kasêbut ing ngandhap punika, bakunipun sêkar punapa, sarta punapa kenging kasêkarakên sanèsipun baku wau, saupami kenging, kathahipun pintên sêkar, dados gunggung pintên sêkar, namung nyumanggakakên para linangkung ingkang kaparêng kagêm sênêng-sênêng.

[Dhandhanggula]

1. Sun angidung pirang pada mamrih / dipun batang dening para wignya / kasusastran kang lwih tyase / prêlu ngudi manawung / punika mrih dèn êncup maring / para nung kang kasdu tyas / ambabar sahnya wus / yun sun aturi puji myang / ingalêm wus trang sing wignyanya batang mring / cangkriman kula têmbang //

2. Bramintarda yun linipur murih / mari amrih budi saka sêdya / kaarsayan nanging tyase / mandar dadi buyar swuh / sangking tranging tan antuk ati / wêning kang mrihamrih. bengkas / sanggya kang manawung / sru rudatin sumandhang mrih tyas /sru rudatin sumandhang tyas.

tan kêna ywan binerat satêmah dadi / magêng gring saya têbah //

purnanira karana tan bangkit mamrih santosaning sêdya.mulai kata purnanira dan seterusnya tidak perlu dibaca.

[Mijil]

3. Maring tyas mung dènnya yun manganggit / trus tur tansah kadho / sru myang isin bok cinacad ing lèn / tuhu wit wrin mung sing nular angling / wus trang ana kang mrih / kawong moh gêguru. //

4. Mangkya kidung kang anjaga ratri lulus lugu sisip marang asulaka blai kae seta laha run lan jim tan purun angambah mring ragèngsun tuwin karti durtan saguh lan wêdia lawan wus mung trus datan sir ênir myang mring godha wis trang padha balak nglênthar nging salamêt manggih suka.

Campur bawur.

Ing nginggil punika lowung kenging kangge ngambèn pados pikiran mawi nuju sêla. Wusana kasumanggakakên para maos ingkang kaparêng ambatang.

Red.

Bab Têtanêman

Nôngka.

Nôngka punika pundi-pundi panggenan sampun mêsthi wontênipun, saha sadaya tiyang sampun limrah sumêrêp raosipun. Ing tanah parêdèn utawi ngare manawi pinuju usum nôngka, kathah tiyang sami sadean nôngka, saya malih ing cêlak pêkên.

Ananging têka eman-eman sangêt, dene ing padhusunan, botên anggêr tiyang gumatos dhatêng tanêmanipun nôngka, tôndha yêktinipun kathah woh nôngka ingkang bungkik, borèsên utawi bosok ing sadèrèngipun sêpuh tur tanpa kabrongsong. Ingkang makatên punika kula kirang mangrêtos, punapa awit saking lumuh ngrimati,

--- 1579 ---

utawi katarik jalaran dèrèng sumêrêp pratikêling anjagi, punapa kadospundi.

Pramila prayoginipun sapunika kula nguruni kawruh bab nôngka sawatawis, ing pangangkah namung murih manjinga pêpèngêt, supados sae, sarta angèngêtana, sanajan nôngka punika têtêdhan rèmèh, nanging nama eca.

[Grafik]

Nôngka, utawi nôngka ingkang dipun sigar.

Limrahipun nôngka punika ingkang katanêm wijinipun (bêtonipun) botên tampik pasitèn, thukulipun nalagang sangêt, yèn katanêm ing tanah parêdèn saya langkung sae wohipun, dumugining papan ingkang inggilipun 3000 kaki tuwuhipun sagêd ngrêbda. Manawi katanêm wiji ngantos 6 dumugi 10 taun, sawêg awoh, mila manawi gadhah wit nôngka ingkang sampun ragi agêng kaeman-emana, sampun kok namung kangge pasrèn utawi kangge nglêmakakên ama kados ingkang kêrêp pinanggih ing dhusun-dhusun, katawis bilih botên kaopenan. Dene pamrayogining pangrukti murih sae kados ing ngandhap punika:

Sêkar nôngka kawastanan babal, wontên warni kalih, inggih punika sêkar jalêr lan sêkar èstri. Ing môngsa sêkar wit nôngka sampun sok dipun pènèki utawi kapêndhêtan babalipun karujak, punika botên prayogi, awit kajawi tarkadhang mêthik sêkar èstri (bêbakaling gori), sirnaning sêkar jalêr andadosakên risaking gori, awit sarining jalêr ingkang wujud plêtuk jêne kirang kathah lêbêtipun dhatêng sêkar èstri, kajawi lajêng garing (botên sagêd dados woh), limrahipun dadosing nôngka awis nyamplunganipun, ingkang kathah namung damèn (nyamplungan wurung).

Yèn gori sampun sasirah agêngipun, punika kawastanan tèwèl, wanci kenging kabrongsong, yèn wohipun kêgêmbêlên dipun êlongi, kapêndhêt tèwèl, kenging kagudhêg, kasade ugi pajêng. Ing dalêm saêpang kakantuna 3 gluntung kemawon ingkang undha-usuk agêngipun, yèn pang wau agêng kenging langkung saking samantên, nanging kathah-kathahipun namung 5, dene woh ingkang thukul ing wit botên prêlu kaêlong. Brongsong punika ingkang sae tur wragad sakêdhik kêdah ngangge

--- 1580 ---

kepang blarak ingkang rapêt, prêlunipun supados sêmut sênêng umpêtan ing ngriku, dados bangsaning lalêr ingkang sagêd nuwuhakên wijining ama bungkik botên purun saba ngriku, kajawi tinanggulang dening rapêting brongsong wau, tamtunipun lalêr ajrih dhatêng sêmut, pramila benjing dadosing woh sagêd sae tur wêtah. Poma samôngsa nôngka awoh, godhongipun sampun sok dipun tutuhi, anjalari kirang kiyating daya panyêrotan têdha ingkang anjog dhatêng woh, sudaning têdha ingkang mili mriku murugakên tipising nyamplungan. Mênggahing pangundhuh kêdah nyrantos sêpuhipun saèstu, titikanipun bilih sampun kitiripun jêne, kakêbuk nyuwara bug-bug. Nôngka sagluntung ing pêkên padunungan kula sagêd pajêng f 0,25 dumugi f 0,75 manut agêng alitipun. Namaning nôngka punika warni-warni kados ta: nôngka bubur, cèlèng, malam, madu, putih, lan sanès-sanèsipun.

Kajawi nôngka wau katêdha lawaran, kenging kadamêl kaluwa, sêtup, utawi momoraning adon-adon têtêdhan warni-warni, nagasari, kagorèng lan sapanunggilanipun, yèn sagêd ing pangolahipun, nama rèmèh wau lajêng oncat, santun nama èdi, mila bab punika gumantung sakêparêngipun ingkang ngrêsakakên. Botênipun taksih kenging kapupu malih, kadamêl criping punapa kagodhog, lowung kangge rêmikan.

Bab panulaking ama borèsên kajawi ingkang sampun kula aturakên ing nginggil, bilih wontên ingkang kagungan sêsêrêpan sanèsipun kula aturi mêdhar ing ngriki kenginga katulad, awit ingkang sampun kula tindakakên namung makatên wau.

Nirasa Niti Atmaja.

Tumpang, Malang.

Pawartos Sanès Praja

Pahargyan Jumênêngipun Nata ing Jêpan.

Pêthikan saking Bat. Nwsbl.

Kala tanggal 10 kêpêngkêr punika, ing Kioto wontên pahargyan jumênêngipun narendra ing Jêpan. Ing sasedanipun nata ingkang rumiyin, inggih punika ing wulan Dhesèmbêr taun 1926, ingkang kaangkat jumênêng nata Sang Pangeran Adipati Hirohito, mawi pasamuan namung prasaja sangêt, awit miturut padatan Jêpan kina, kengingipun ngawontênakên pasamuan agêng-agêngan, manawi pranataning bela sungkawa sampun kalangkung dangu.

Pahargyan jumênêngan nata ing Jêpan punika, anggèning tata-tata utawi damêl pranatan, punika laminipun ngantos sataun, panindakipun miturut tatacara kina, ingkang miturut cariyos, kalampahan 2500 taun sapriki, nalika nata Jêpan kapisan jumênêng nata.

Pahargyan-pahargyan ingkang minôngka gladhèn, punika katindakakên wontên ing wulan Pèbruari, lan ing ngriki para ahli agami anêtêpakên dintên sae ingkang kangge nindakakên tatacara warni-warni wau. Ing sadèrèngipun, tatacara wau inggih [ing...]

--- 1581 ---

[...gih] sampun katata dening nayaka lêbêt, ananging wontênipun tatacara-tatacara wau, sumêbaripun ing têmbe.

[Grafik]

Jalaran saking kêdah miturut tatacara kina kanthi satiti, amila panggarapipun inggih ngrêkaos sangêt. Dene ing sapisan punika wontên tiyang ingkang ahli babad ingkang sampun misuwur namanipun, ingkang lajêng mêwahi tataning pahargyan wau mawi tatacara kina, wontêning tatacara wau lajêng kawêdalakên awarni buku, amargi tatacara tuwin têgês-têgêsipun, tumrap ing bôngsa Jêpan dipun anggêp pahargyan kabangsan.

Manawi ingkang prêlu-prêlu wau sampun katêtêpakên, sang nata lajêng animbali para priyagung ing Jêpan wontên ing kadhaton, mênggah pangagêmanipun sang nata, miturut pangagêman cara Jêpan kina, antawisipun para prayagung wau sang nata milih tiyang sawatawis, ingkang badhe kautus sowan dhatêng para lêluhuripun ingkang sampun sami seda, wontên prayagung ingkang kautus dhatêng pasareanipun pêpatih Jêpan ingkang kakintên sugêngipun kala 600 taun ing sadèrèngipun Kangjêng Nabi Ngisa miyos, saha kautus sowan dhatêng pasareanipun ingkang rama, eyang tuwin eyang buyut.

Para utusan wau kadhawuhan ngunjuki uninga para lêluhuripun wau mênggahing sadaya kawontênanipun tatacara ingkang badhe katindakakên ing pahargyan punika. Manawi badhe ngancik môngsa bêntèr, sasampunipun dipun wontênakên karamean alit-alit, lajêng ngwontênakên pasadhiyan tumrap karamean jumênêngan nata ingkang prêlu piyambak, inggih punika nênanêm wontên ing pasabinan ingkang dipun anggêp kramat. Mênggah cara-caranipun makatên:

Ing lèr wetan tuwin kidul wetanipun Kioto, ing satunggil-satunggilipun dipun wontênakên pamilihan [pamilih...]

--- 1582 ---

[...an] sabin kalih panggenan, ingkang kakintên, bilih pantun ingkang katanêm ing ngriku punika badhe tuwuh sae, ananging panimbangipun manungsa ing bab wau kaanggêp dèrèng nyêkapi, karampunganipun kapasrahakên dhatêng langit.

Pasabinan wau lajêng kaperang-perang miturut pêperanganing kulit pênyu, kados kulit pênyu ingkang sampun kasadhiyakakên ing ngriku, ingkang mujudakên gêgambaraning pasabinan. Salajêngipun andèkèk dalancang kangge nutupi long, katumpangakên ing kulit pênyu, ingkang sisikipun sampun dipun gêrêt-gêrêti, longipun lajêng kasumêt. Saking bêntèripun, kulit pênyu wau lajêng pêcah, dlancangipun kombul manginggil, saha lajêng andhawahi salah satunggiling pêcahan kulit pênyu wau, inggih punika gêgambaraning siti pasabinan ingkang kêdah kapilih. Wontên ing pasabinan ingkang dipun pilih wau, sang nata lajêng nanêm pantun piyambak, inggih punika sasampuning pasitènipun dipun olah sarana pirantos modhèl enggal.

Mênggah bidhalipun sang nata dhatêng papan jumênêngan, inggih punika ing kitha Kioto ing sêrat-sêrat kabar sampun sami mratelakakên, ing ngriku pinanggih kawontênan ingkang sakalangkung agêng.

Sarawuhipun ing sêtatsiyun Kioto, tindakipun sang nata dhatêng kadhaton dipun pikul ing para mudha tigang dasa kalih, ingkang sampun pintên-pintên atus taun laminipun tansah kapilihakên saking para mudha cacah samantên wau saking padhusunan ing sacêlaking Kioto. Sasampunipun, sang nata lajêng kondur malih dhatêng Tokio saha lajêng nindakakên kuwajiban ngasta pusaraning praja, dene tanêmanipun pantun, namung dipun pasrahakên dhatêng ingkang Maha Kuwaos. Ing dhawahing badhe môngsa asrêp, manawi sampun cêlak kalihan dhawahing dintên pahargyan jumênêngan ingkang saèstu, punika sawêg kasumêrêpan mênggahing sae saha brêkahing tanêman pantun.

(Badhe kasambêtan)

[Grafik]

Rêdi Sêrela ing Palembang, pucuking rêdi katingal lancip, kados ngungak inggiling langit.

--- 1583 ---

Rêmbagipun Sêmar, Garèng lan Petruk

Bab Ewah-ewahaning Pangangge.

Petruk : Ora, Rama utawa Kang Garèng, aku arêp takon, nalikane aku têka ing kene mau, kok padha pating caruwèt rame bangêt nganti kaya jalak kurang pakan, mungguh sing dirêmbug bae apa.

[Grafik]

Garèng : la kuwi nèk Si Petruk, anggone ora ormat nyang wong tuwa kok ora mari-mari, ana priyayi lagi padha dhebat prakara pênting-pênting bangêt ngene, kathik diunèkake pating caruwèt kaya jalak kurang pakan, ananging kapriye manèh, wong wis kalêbu ing watak, kenene bae kudu sing jêmbar kalangane, bundêr rêmbulane, suraka surak hi..., e, nganti kaclethut, wong arêp kôndha jêmbar sêgarane, kok nganti kêplantrang-plantrang nyang ngêndi-indi.ngêndi-êndi. Sanyatane, Truk, sing andadèkake tuwuhing dhebat bêsar antarane Rama karo jênêng ingsun kiyi, sababe ora liya jalaran saka anggone para sêpuh tansah nyalahake marang tondak-tanduke utawa manèh panggawene para mudha lan para têlèk-têlèk kayadene raka para kiyi.

Petruk : Toblas, anggone calathu le wasis, le pratitis, nganti kaya dhalang kêmênis, kowe aja gumun, Kang Garèng, anane panacading para sêpuh marang panggawene para mudha kuwi. Awit wis mêngkono, ing donya kuwi kudu ana panacad lan iya kudu ana pangalêmbana. Jalaran yèn salah siji nganti gothang, mêsthine iya banjur ora ana sing ala ora ana sing bêcik. Upamane bae mêngkene: nèk prunanmu Si Kamprèt sabên dina mung tansah dak alêmbana bae, anggone: sabar, nurutan, lêmbah manah, rikuhan, lan sapadhane, mêsthine Si Kamprèt iya banjur saya gêdhe atine, sarta

--- 1584 ---

banjur lali marang kêmajuane, nanging kosokbaline, yèn tansah dak cacad thok bae, anggone: dhêmên kêplèk, ora kêna diprêcaya, kêsèd, ora bisa nyambutgawe, lan sapiturute, mêsthine Si Kamprèt saka bingunging pikire, iya saya andaluya. Mulane aku, wong tuwa, sing diwajibake nuntun marang anak murih bêcik kadadeane, kudu bisa ngêtrapake pangalêmbana lan panacad marang anak, supaya anak banjur mangrêti marang apa sing dikarêpake wong tuwa. Dadi nèk ana anak nakal mung banjur dipêcuti thok bae, kuwi anake malah ora mari kanakalane, malah nèk ora kabênêran, suwe-suwe sok banjur wani karo wong tuwa.

Garèng : Lho, Truk, dak pikir-pikir omongku kuwi kok ora barès, jênênge rak nêmpiling lor kêna kidul. Aja ngono aja ngono, loso, loso. Karo manèh kowe rak ora krungu pangandikane Rama, mulane bisa dadi mêngkono. Mara ta pikirên, apa ora gawe untabing krêmi têmênan pangandikane Rama, anganggêp wong dêksura, yèn omong Jawa nganggo dicampuri Walônda.

Petruk : Hla, nèk mêngkono kuwi Rama tak anggêp salah, awit wong kang arêp ngênggoni jamane kuwi, aja mung tiba ing panganggo thok bae, ananging iya kudu sakabèhe, dadi sêmono uga nèk calathu, iya kudu mèlu nyang jamane. Nèk arêp têrus-têrusan omong Jawa, têmtune iya rada kangelan, tur bokmanawa akèh wong sing ora ngrêti, kaya ta: polêksrad, dijawakake: rêpat kawula, sêpur dadi: rata dahana, sop dadi: jangan bêning, dalasan pakumpulan: sosial dhemokrat bae, diêlih dadi: pakumpulan susila dhêmên rata. Mara, mêngkono kuwi apa malah ora ambêbingung wong bae.

Sêmar : Ah, yèn kaya mêngkono kuwi beda manèh karo sing dak karêpake. Mungguh karêpku sing dak arani wong dêksura mau, wong kang gunême utawa rêmbugane dicampuri basa Lônda, môngka ing basa Jawane ya wis kêlumrah lan ya wis ana, upamane: wingi sontên mênir Wôngsa kesah dhatêng sinesêkam kalihan mopro. Mara, apa ora mulêsi wêtêng kang mêngkono kuwi. Kajaba mêngkono, yèn sing diajak gunêman ora mangrêti basa Walônda, kuwi ora ngêmungake dêksura, nanging iya ngewak-ewakake, banjur jênêng wong pamèr, kang satêmêne diukumi wong ngrusak basa, dadi yèn mangkono rak bêcik dijawakake bae: wingi sontên (apa iya mas, apa den, apa pak) Wôngsa kesah dhatêng Pacinan kalihan ingkang èstri utawa ingkang rayi, wis rampung, dirungokake iya kapenak, tur sing diajak omong ya mêsthi ngrêtine, dene basa Walônda sing wis kaprah dianggo ing wong Jawa lan wis urip, têgêse anggêr uwong mangrêti, lan sing basa Jawane, sanadyan ana, nanging malah ora mangrêtèkake, kaya kandhamu mau, ya dilêstarèkake bae.

(Badhe kasambêtan).

--- 1585 ---

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

Asistèn wadana ing Gadhang kawisudha dados wadana ing dhistrik alêkmar (Purwarêja) Bangil. Dene wadana Purwarêja pindhah Pujon, wadana ing Pujon kèndêl.

Asistèn wadana ing Kalianyar Bangil, kawisudha dados wadana ing Gêmpol, dene wadana ing Gêmpol pindhah dhatêng Kêdhungdhung. (N.).

Kala tanggal 31/10-1928 dintên Rêbo, têtiyang ing sakukubanipun parêdèn Tênggêr sami minggah dhatêng pucaking rêdi Brama sarwi mêmuja, awit ing dintên punika pinuju dhawah dintên ingkang kamulyakakên dening têtiyang ingkang nglêluri sarta ngangge agami lan tatacara Buda, winastan sidhêkah kasadha, nyarêngi tanggal 14 Jumadilawal. (N.).

Kawartosakên kolèktur ing Kraksan salingkuh yatra kathahipun f 8000.- prakawis taksih kaurus. (N.).

Wontên pawartos, sêrat kabar De Kroniek ing Ngayogya, pêjah, saha pangêcapanipun badhe kasade.

Soerakartasche Kunstkring ing Surakarta, sampun dipun anggêp apsah ing pamarentah.

Mêntas wontên sirkulèr saking pamarentah, mratelakakên, bilih wontêning wragad kangge pindhahanipun para amtênar kathah sangêt. Ing taun 1925 wontên f 1.896.500, ing taun 1926 mindhak dados f 2.079.500 tuwin ing taun 1927 f 2.281.000, makatên ugi ing bab waragad-waragad lampah kumisi. Manawi dipun tandhing, wontêning wragad ing taun 1926 kalihan taun 1927, cacahing amtênar ingkang numpak sêpur suda 118.000 nanging ingkang numpak oto mindhak 201.000. Kangjêng tuwan ingkang wicaksana kagungan pamundhut, supados anyuda wêdaling waragad lampah wau, kêdah titi caraning midhah tiyang, punapa malih nyuda lampah ingkang sarana oto.

Ing bab badhe nyirnakakên sêsakit pès ing Kuningan, badhe tumuntên katindakakên, sarana andandosi griya-griya kados ing tanah Jawi Têngah tuwin Wetan, ing bab punika Dr. Versteegh saking Surakarta sampun mariksa kawontênanipun ing Kuningan. Dene bab rêrigên nyirnakakên sêsakit, katindakakên ing Dr. C.J. Schuurman.

Pamulangan Mulo ing Tasikmalaya, ingkang dipun êdêgakên dening pakêmpalan Pasundhan, sarèhning taksih kêkirangan guru, ing sadèrèngipun dhatêng guru ingkang saking Eropah, angsal pambiyantu saking pamarentah, guru ngrangkêp dhirèktur.

Kintunan pêlêm wêdalan Cirêbon dhatêng nagari Walandi, pinanggih sae, mila pangintunipun saya wêwah-wêwah, kala wulan Sèptèmbêr kêpêngkêr, ngintunakên 1000 iji dhatêng Amsêtêrdham, sadumugining ngrika wontên ingkang sampun matêng, wontên ingkang taksih mêntah. Pangintunipun wau dipun buntêl ing sêpêt lajêng kawadhahan ing pêthi. Wontênipun ing ngrika badhe dipun sade dhatêng Dhitsêlan tuwin Inggris.

Pamarentah amarêngakên paring waragad kangge adamêl ilèn-ilèn toya ing Sêntyong, Batawi, katapsir f 310.000, tuwin adamêl sadhiyan toya ngombe ing Bêngkulên f 161.000. Sadaya wau prêlu kangge pigunaning kasarasan.

Tuwan Minderman guru kapala H.I.S. ing Cicalengka, dipun sêkorês, jalaran kêkirangan arta kas tuwin salingkuh arta sanès-sanèsipun, ingkang kalêbêt pamêdaling sêkolahan. Sagêd ugi kaprakawis ing bab malsu buku. Arta ingkang kasalingkuhakên gunggungipun mèh f 1000.

Angsal-angsalaning arta S.S. ing wulan Oktobêr kêpêngkêr wontên f 912.297. langkung kathah tinimbang wulan Oktobêr taun kêpêngkêr. Angsal-angsalanipun wiwit wulan Januari dumugi Oktobêr taun punika f 59.812.317, tinimbang taun 1927 kados pêpetangan wau, langkungipun wontên f 2.089.221.

Sawêg salêbêtipun minggu ingkang kapêngkêr punika, ing Surakarta wiwit wontên jawah agêng, dumugi mèh sapriki sabên sontên jawah dêrês anggarêjèh. Hawa bumi ingkang kirang langkêp sampun nêm wulan laminipun bêntèr sangêt dening botên jawah-jawah, andadak lajêng santun dados asrêp, raosipun dhatêng badan tansah kêkês.

Kawartosakên bilih benjing wulan Januari ngajêng punika pakêmpalan Muhamadiyah badhe adamêl konggrès agêng manggèn ing kitha Surakarta. Sapunika sampun wiwit angrancang programa utawi lampah-lampah ingkang badhe kangge benjing têmpuking damêl.

Nalika dintên Jumuwah pêndhakipun Jumuwah punika, saandhaping Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Surakarta, utusan Radèn Mas Arya Yasadipura kanthi abdi dalêm mantri urdênas karaton, dhatêng ing Batawi, prêlu ingandikakakên pados katêrangan ingkang dhinês saking paprentahan agêng ing Batawi, bab badhe rawuhipun Sri Bagendha Maharaja ing nagari Siyêm, punapa malih pangeran adipati saking karajan Bèlgi ingkang sami badhe têdhak pêpara dhatêng tanah Jawi. (K. 585).

--- 1586 ---

Landrad ing Pandhegêlang mêntas ngrampungi prakawisipun pasakitan, Haji Dul Adi, kadakwa tumut ura-uru ing wulan Nopèmbêr 1926 saha mêjahi wadana Mênès, dakwa kaukum kisas.

Sawênèhipun kuli nama Sumadi, ingkang nuju nyambutdamêl ing masakan bènsin B.P.M. ing Cêpu, amanggih sabab, kobong badanipun. Ingkang dados jalaran, ukuran bêntèr ingkang kangge ngukur bêntèring bènsin anjêblug, latu lajêng ngalad-alad, Sumadi kêbêsmi, tuwin jalaran kagèt, Sumadi lajêng anjêlog saking ôndha, nanging malah lajêng sagêd kêtulungan. Rahayu sanadyan uruping latu anggêgirisi, nanging botên mrèmèn, saha lajêng kenging dipun pêjahi sasampuning têlas lisahipun.

Wiwit tanggal 1 wulan punika, S.S. sampun angwontênakên oto saking Cibadhak dhatêng Plabuhan Ratu, wongsal-wangsul. Tumrap oto partikêlir, tiyang satunggal ambayar f 1.25 nanging punika namung f 0.75.

Up bêstir Muhamadiyah bagean Penolong Kasengsara'an Oemoem ing Ngayogya, mêntas parêpatan kalihan para warganipun, ngrêmbag badhe ambiyantu dhatêng kêkiranganing pakêmpalan, ingkang langkung prêlu ing bab lare lola tuwin tiyang mlarat. Golongan Kutha Gedhe, Karangkajèn tuwin Sratèn, ngawontênakên sêpêt badhe kangge dandosan. Golongan ing Jagang badhe ngawontênakên griya kangge panggenaning lare lola èstri. Kajawi punika ing dhusun-dhusun badhe dipun wontêni griya-griya alit kangge nyadhiyani lare lola tuwin tiyang priman ingkang kasangsara.

Landrad ing Pandhegêlang mêntas angrampungi prakawisipun pasakitan Jain, ingkang wêkasan piyambak nyambutdamêl dados tukang cukur wontên ing gang Solan Batawi, griya ing dhusun Kênanga, Mênès. Kadakwa tumut damêl ura-uru kala tanggal 12 ngrintênakên tanggal 13 Nopèmbêr 1926 tuwin tumut amêjahi wadana Mênès. Kaukum kunjara salaminipun gêsang.

Ing Plasa mêntas wontên angin lesus anggêgirisi, ngambrukakên gudhang sata kêkalih, kapitunan f 10.000.- ugi kathah griya-griya ingkang karisakan, tiyang ingkang nandhang tatu 17, ingkang sangêt 2. Wontên tiyang pados ulam nuju linggih wontên pinggir lèpèn, dipun bêkta ing angin têbihipun ngantos 300 mètêr, saha lajêng kêbanting pêjah sanalika.

Ing dhusun Jatiwangi, dhistrik Cilêdhuk, wontên tiyang nama Kyai Asmawi, misuwur ing ngakathah, ngantos dipun sêbut Imam Madi. Wontên ing Têgal Pêkalongan sugih murid. Kyai wau mêntas dipun rampungi ing lanrèhtêr wontên ing Cilêdhuk, kaukum 4 minggu, jalaran mêntas nikahakên tiyang 4 ingkang botên têrang, tuwin salah satunggal wontên ingkang sampun gadhah bojo. Sasampuning luwar, kyai wau kenging prakawis malih ugi bab kados makatên.

Rumiyin ing Sèlèbês Kidul Kilèn botên wontên lêmbu. Sarêng kalih taun kêpêngkêr, têtiyang ing ngriku sawêg andhatêngakên lêmbu saking Bali, dene ing sapunika kintên-kintên sampun wontên 1000, caraning pangingahipun katingal majêng sangêt. Miturut papriksaning Veeartsenijkundigen Dienst, ing Makasar badhe sagêd ajêg angsal daging lêmbu.

Miturut bêslit saking dhirèktur B.O.W. anêtêpakên griya tilas griya sakit ing Purwakêrta badhe kangge poliklinik tuwin kangge ngrimat tiyang sakit ewah.

Benjing wiwit tanggal 1 Juni 1929 kabupatèn Karanganyar, Surakarta, badhe dipun icali, namung dipun dèkèki wadana kemawon, tuwin badhe kawontênakên ingsat-ingsêtan bawah.

Dr. Brok sèkrêtaris kumisi cacah jiwa rakyat ing taun 1930 mêntas mêdhar sabda wontên ing K.S.B. Batawi, nyariyosakên bab tumindaking cacah jiwa ing jaman kina, kados ta ing Tiongkok, sampun tumindak 2300 taun sadèrèngipun Gusti Kangjêng Nabi Ngisa miyos, makatên ugi ing Eropah, ing jaman kina inggih sampun wontên. Tumrap ing Indhonesiah, waragadipun badhe f 1.850.000, dados kapetang racak, sabên tiyang satunggal 3 sèn, nanging tumrap ing nagari Walandi kala ing taun 1920, waragadipun f 1.600.000, dados sabên tiyang satunggal kintên-kintên 23 sèn. Wusana pamêdhar sabda mêmuji, mugi tumindaking panacah jiwa sagêd amanggih wohipun.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 624 ing Margayuda. Petang panjênêngan lêrês, kula ingkang kalintu. Kajawèn nomêr 88 dumugi 91 sampun kakintun.

Lêngganan nomêr 2530 ing Sêlat Panjang. Wisêl f 3.- punika tumrap kwartal 1 saha 2 taun 1929. Matur nuwun.

Ngaturi uninga dhatêng sadaya para maos, bilih Kajawèn nomêr 88 sampun têlas. Awit saking punika lêngganan lami ingkang randhat pambayaripun sami botên pikantuk, dene lêngganan enggal kapetang wiwit wulan Dhesèmbêr '28.

Wangsulan saking Rêdhaksi

Wontên sadhèrèk ingkang pitakèn, punapa sababipun sabên tanggal 1 wulan Jawi utawi Arab, rêmbulan sampun katingal sawatawis inggil. Mugi kawuningana: pananggalan sangalam donya punika botên wontên ingkang lêrês saèstu, masthi wontên gèsèhipun. Ing pananggalan namung kapêndhêt radin-radinipun kemawon.

--- 1587 ---

Wêwaosan

Paningal.

Karanganipun Sang Rabindranath Tagore, kajawèkakên dening redhaksi Kajawèn.

3

II.

Lakinipun Kuma dangu-dangu rampung anggènipun sinau kadhoktêran, salajêngipun pindhah saking Kalkotah sumêdya dêdunung wontên ing kitha alit, prêlu badhe nindakakên padamêlan dhoktêr. Ing ngriku punika papan ingkang kinubêngan ing pasabinan, anjalari bingahipun pun Kuma, ingkang ngantos nyupèkakên dhatêng wutaning mripatipun, awit piyambakipun ngrumaosi, kados dipun wangsulakên wontên ing rangkulaning biyungipun, amargi pun Kuma anggèning nilar dhusun kalairanipun sumêdya pindhah dhatêng Kalkotah, kala sawêg umur 8 taun, dumuginipun kala punika laminipun sampun wontên sadasa taun, lan salêbêtipun wontên ing kitha agêng wau, èngêting dhatêng griyanipun ing dhusun suda sangêt. Salamine mripatipun Kuma taksih sae, dados sagêd ningali, punika jalaran saking ramening kitha Kalkotah, anggèning èngêt dhatêng dhusunipun lajêng kêtutupan. Ananging sarêng Kuma dados wuta, Kuma sawêg mangrêtos, bilih kitha Kalkotah punika ngêmungakên damêl sêngsêming mripat kemawon, ananging botên sagêd ngisèni dhatêng raos. Samangke sarêng Kuma wuta babarpisan, sawangan nalika larenipun, kêtingal sumorot malih, kadosdene satunggal-satunggaling lintang ingkang tumus wontên ing langit ing wanci sêrap.

Bidhalipun Kuma kalihan lakinipun dhatêng Arsipur, wontên ing wiwitanipun wulan Nopèmbêr.

Wontênipun ing panggenan punika, tumrapipun Kuma enggal, ananging pangraosipun pun Kuma, gônda tuwin swaraning pang dhusun, punika angubêngi tuwin rumakêt ing piyambakipun, angin enjing sumribit, ingkang dhatêngipun saking pasabinan ingkang mêntas dipun luku, gandaning sawi ingkang tuwuhipun nêdhêng, anggônda lêgi mônda-mônda, singsoting lare angèn saking katêbihan, dalah swaraning grobag pating krêngkèt, kadosdene manawi ngambah wontên ing margi padhusunan ingkang risak, punika sadaya ngênani dhatêng jagadipun pun Kuma, saha tinampi kanthi bingahing manah. Èngêting dhatêng gêsangipun kala rumiyin, ingkang dipun saranani sakathahing gônda tuwin swara ingkang ngantos kenging dipun lairakên, punika tumrapipun Kuma kadosdene ganjaran ingkang gêsang, lan mripatipun ingkang wuta wau, botên sagêd mastani, bilih Kuma punika kalintu ing pamanggih, rumaosipun pun Kuma, kados wangsul wontên ing jaman alitipun, saha lajêng nêmahi lêlampahan kados kala alitipun malih, ngêmungakên ing bab satunggal ingkang botên wontên, inggih punika biyungipun pun Kuma botên wontên ing sacêlakipun.

Rumaosipun Kuma, kadosdene sumêrêp dhusun kalairanipun, ingkang wontên wit-witipun êlo inggil-inggil ing sapinggiring balumbang, ing ciptanipun kadosdene sumêrêp êmbahipun èstri linggih ing siti, angore rambutipun ingkang ramyang-ramyang, gêgêripun dipun pe wontên bênteraning srêngenge. Ing ngriku êmbahipun kêtingal sawêg ngêpeni têtêdhan galindhing-galindhing alit, ingkang badhe dipun olah, ananging ing ciptanipun Kuma, jalaran saking sabab warni-warni, botên sagêd èngêt dhatêng têtêmbanganing êmbahipun, ingkang pakulinanipun rêngêng-rêngêng wontên sangajênging griya, mawi swara andharêdhêt. Manawi ing wanci sontên, Kuma mirêng pambêngohing rajakaya, Kuma rumaos kados ngêtutakên biyungipun, ingkang mawi colok anganglangi lumbung-lumbung tuwin kandhang rajakaya.

Gandaning pakan rajakaya ingkang taksih têlês, tuwin gandaning obong-obongan damèn ingkang anggônda sangêt, punika ngèngingi manahipun pun Kuma, lan rumaos kados mirêng gêntining candhi saking katêbihan, ingkang swaranipun katut ing angin têmbinging lèpèn ngrika.

Kitha Kalkotah ingkang sakalangkung rame sarta umyung punika adamêl kèndêling manah, wontên ing ngriku sadaya kuwajibaning ngagêsang ingkang sae-sae lajêng kawon, Kuma kèngêtan dhatêng salah satunggiling mitranipun, ingkang nuwèni piyambakipun saha wicantên makatên: Kuma, genea kowe ora nêpsu, upama aku digawe karo lakiku kaya kowe kuwi, wis mêsthi aku êmoh canthuk lawung karo dhèwèke manèh. Mitranipun wau obong-obong dhatêng pun Kuma supados nêpsua, jalaran saking kadangon anggèning ingkang jalêr ngundang dhoktêr.

Kala punika kula mangsuli makatên: Wutaning mripatku iku rak wis agawe nalôngsa bangêt, prêlune apa nganggo tak wuwuhi sarana banjur sêngit karo lakiku.

Mitranipun Kuma gèdhèg-gèdhèg sajak ewa, nalika mirêngakên wangsulan cara kina ingkang kados makatên wau, ingkang tuwuh saking cangkêming lare ingkang taksih bodho makatên. Salajêngipun, mitranipun lajêng kesah kanthi kakên ing manah. Ananging sanadyan Kuma kala

--- 1588 ---

samantên mangsuli kados makatên, têtêmbunganing mitranipun wau anilari tabêt kanêpson ingkang wados racun, lan racun makatên punika manawi sampun dipun lêbêtakên sapisan, ing salaminipun botên sagêd ical babarpisan saking raosing manah.

Ing ngriku cêtha bilih kitha Kalkotah, ingkang kêbak isi pocapan tanpa wasana, adamêl lêganing manah. Ananging sarêng Kuma wangsul dêdunung wontên ing padhusunan, sadaya pêpenginan, lan kapitadosan kala rumiyin, ingkang kalanipun Kuma taksih alit dipun anggêp lêrês, punika tuwuh malih araos nikmat lan mupangat. Rumaosipun Kuma kados dipun cêlaki ing Pangeran, angisèni manah tuwin jagadipun, amila Kuma lajêng sujud ing Pangeran, ucaping panêmbahipun: dhuh, gusti, kaluhuran anggèn tuwan angicalakên pêpadhanging pandulu kawula, mratandhakakên manawi tuwan rakêt ing kawula.

Anggènipun Kuma ngucap makatên wau rumaos kêladuk, mila inggih nama ngakên-akên manawi ngucap Pangeran punika rumakêt ing piyambakipun, sayêktosipun, tiyang namung dipun wajibakên sêtya dhatêng Pangeran.

Sanadyan manungsa punika wontênipun ing donya tinakdirakên botên gêgadhahan punapa-punapa, wajibipun inggih namung anêtêpi anglajêngakên gêsangipun. Makatên mênggahing pangraosipun Kuma.

III.

Kuma kalihan ingkang jalêr, salêbêtipun sawatawis wulan rumaos sênêng gêsangipun. Ingkang jalêr anggèning nindakakên padamêlan dhoktêr sawatawis angsal nama. Kajawi punika ugi lajêng sagêd simpên arta. Ananging mênggahing arta punika, sok wontên awonipun. Lêrês pamanggihipun pun Kuma kados ing nginggil punika botên sagêd manggihakên tôndha saksi punapa-punapa, ananging ing sarèhning tiyang wuta punika pangraosipun langkung landhêp tinimbang têtiyang limrah, mila ewahipun ingkang jalêr jalaran saking indhaking kadonyanipun, ingkang èstri inggih lajêng sagêd nitèni kemawon.

Kalanipun ingkang jalêr taksih alit, rumaos gadhah tindak adil sangêt, lan kêrêp sangêt kêlair dhatêng Kuma mênggah ingkang dados idham-idhamanipun, inggih punika manawi ing têmbe sagêd nindakakên kadhoktêranipun, nêdya badhe mitulungi têtiyang mlarat. Ingkang jalêr botên anocogi dhatêng pamanggihing kônca-kancanipun, ingkang sadèrèngipun nitipriksa tiyang ingkang sakit, lajêng nêdha bayaran rumiyin.

Ananging kala punika pun Kuma mangrêtos, bilih lajêng wontên bedanipun, gumun dene ingkang jalêr lajêng dados tiyang têgêlan.

Ing satunggiling dintên, wontên tiyang èstri dhatêng anangis nêdha pitulunganing lakinipun pun Kuma, supados puruna mitulungi nambak nyawaning anakipun ingkang namung satunggal thil, ananging lakinipun pun Kuma anulak wani. Wusana sarêng pun Kuma piyambak ingkang ngarih-arih murih puruna mitulungi, anggèning nindakakên pitulunganipun, botên kanthi lêganing manah.

Miturut cariyosipun Kuma, kalanipun Kuma kalihan ingkang jalêr taksih dèrèng patos sugih, ingkang jalêr botên rêmên sangêt manawi dipun èmbèt-èmbèt rêmbag ing bab arta, awit ing bab makatên punika ingkang jalêr tansah katingal têmênipun. Ananging sarêng ingkang jalêr sampun gadhah simpênan arta kathah ing ngêbang, kêrêp sangêt lajêng rêrêmbagan piyambakan ngantos jam-jaman dangunipun kalihan tiyang awon, kados ta agèning tiyang sade inuman kêras, prêlu angrêmbag punapa-punapa, ingkang tamtu badhe botên sae kadadosanipun.

Kadospundi kadadosaning lakinipun pun Kuma ing têmbe, manawi tindakipun nasar kados makatên, ing môngka Kuma ngrumaosi têrang dhatêng kawontênanipun ingkang jalêr wau ing sadèrènging wuta mripatipun, kajawi punika ing satunggiling dintên ingkang jalêr rak sampun cucup bathuk ing antawising alisipun Kuma, saha anganggêp ingkang èstri kadosdene angsal kramat. Ananging mênggah pangraosipun Kuma, têtiyang ingkang dhawah ing kanisthan, ingkang jalaran saking botên kuwawi ngampah hawa napsunipun, punika sagêd dados sae malih kanthi adrênging manah dhatêng kautamèn.

Ananging tiyang ingkang budinipun sabên dintên tansah saya risak, lan ingkang jiwanipun saya botên sagêd polah, dening kêsuk daya saking jawi, punika kalajêng ringkih tanpa kêkiyatan, botên sagêd pulih malih.

Pisahipun Kuma lan ingkang jalêr, ingkang tuwuhipun jalaran saking wuta wau, punika rumaosipun Kuma namung kodrat ingkang sapele kemawon, ewadene rumaos kados pinêjahan, sarêng mangrêtos, bilih ingkang jalêr sampun botên condhong kalihan piyambakipun, môngka nalika kalih-kalihipun anyumêrêpi, Kuma dhumawah ing wuta, punika ingkang èstri ngrumaosi yèn lakinipun nunggil kalihan piyambakipun. Ingkang makatên punika rak inggih nyata nama pêpisahan.

Kuma ingkang katrêsnanipun taksih têtêp, lan kapitadosanipun botên gingsir, punika kasêtyanipun taksih anêrusi ing sanubari, ananging ingkang jalêr lajêng nilar dhatêng kautamèn têtiga wau, ingkang lêlajêngan tanpa wontên ewahipun. Dene ingkang jalêr jalaran saking kêpasukipun dhatêng arta, lajêng tumuntên badhe kalap ing jurang kamurkan.

(Badhe kasambêtan).

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 94, 10 Jumadilakir Taun Alip 1859, 24 Nopèmbêr 1928, Taun III.

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1605] ---

Ôngka 94, 10 Jumadilakir Taun Alip 1859, 24 Nopèmbêr 1928, Taun III.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Kitha Sêtambul

[Grafik]

Ing sêrat-sêrat waosan, kêrêp anyariyosakên mênggahing èdinipun kitha Sêtambul, griyanipun sae-sae, ing gambar punika mujudakên warnining masjid Suleman, papanipun angongkang lèpèn ingkang dipun wastani Tandhuk Êmas. Sadaya katingal sami adamêl sêngsêm.

--- 1606 ---

Raos Jawi

Antuking panarimah

Tiyang gêsang punika tumitahipun wontên ing donya têtêp nama manggèn wontên ing jaman karamean, têgêsipun manggèn wontên ing jaman ingkang tansah nuwuhakên kamurkaning manah, awit manawi dipun manah lêrês, ingkang dipun dunungakên ing karamean wau botên liya namung kamurkanipun.

Jalaran saking wontêning kamurkan ingkang kados makatên punika, ing donya lajêng tuwuh kawontênan warni-warni, tumrapipun ing tiyang lajêng ngawontênakan tiyang agêng tiyang alit, tiyang sugih tiyang miskin, tiyang bodho tiyang pintêr tuwin sanès-sanèsipun.

Sagolonganing têtimbangan wau, lajêng nuwuhakên beda-bedaning panganggêp, tumrap ingkang agêng beda sangêt kalihan ingkang alit, makatên sapanunggilanipun. Dene dadosing beda punika, manawi tumrap ing sawangan, nitik saking kawontênanipun, dene manawi tumrap ing raos, wontên ing manah.

Sami-sami têtimbangan, punika mênggahing dadosipun sok lajêng nuwuhakên crahing pikiran, awit ingkang inggil, adhakan sok ngrèmèhakên ingkang andhap, ingkang murih nyapèlèkakên dhatêng ingkang miskin, punapa malih ingkang pintêr malah ambodhokakên [ambodho...]

--- 1607 ---

[...kakên] ingkang bodho. Manawi tiyang purun angraosakên yêktos, tamtu lajêng karaos, manawi tindak ingkang kados makatên wau tuwuhipun namung saking kamurkan, ingkang tumindak wontên ing jaman karamean.

Lan malih, sadaya wau manawi dipun manah kanthi raosing kamurkan, wontênipun sami lêrês sadaya, awit wosipun inggih saking badhe nyampurnakakên kamurkan wau, upaminipun, tiyang agêng punika sampun lêrês sangêt yèn angênggènana darajating kaluhuranipun, awit yèn ngantos angrèmèhna, badhe ngêsorakên darajat, inggih cêkakipun sanadyan dipun punapakna: agêng inggih kêdah wontên nginggil. Dene tumrapipun ingkang alit, punika inggih tansah lêrês, awit salaminipun inggih tansah nyumêrêpi ing alitipun, mênggahing tôndha yêktinipun, tiyang alit makatên gêsangipun ingkang kêlimrah inggih namung manggèn ing drajat andhap, manawi badhe dipun sêngkakakên saking pambudinipun piyambak, inggih malah grêkaos. Sadaya wau wosipun namung sami angênggèni lêrês.

Nanging sarèhning nama lêrêsing kamurkan, murkanipun inggih tansah andadra, panduman ingkang sampun dhumawah ing badanipun, taksih dipun ungggar malih, ingkang tuwuhipun lajêng ngangge wêwaton manahipun piyambak. Sampun tamtu kemawon tuwuhing panimbang tuwin kêncênganipun sok lajêng nuwuhakên raosing liyan ingkang botên damêl sênêng. Upaminipun kemawon tiyang ingkang sampun sugih, prêlunipun punapa têka mawi anglairakên botên sênênging manah dhatêng tiyang mlarat, makatên ugi tiyang ingkang sampun tinitah luhur, pintêr, mawi angopèni dhatêng asoring tiyang bodho. Sayêktosipun ing ngriku lajêng kêtingal, bilih kawontênan ingkang kados makatên punika tuwuhipun saking kamurkan ingkang kaping kalih, inggih punika ngrumaosi manawi pinunjul, têgêsipun damêl bedaning kawontênan ingkang pancèn sampun beda, sampun tamtu kemawon lajêng adamêl ewahing raos ingkang pancèn sampun botên karaos, awit wêwinihipun pancèn tuwuh saking mêmanahan ingkang angugêmi dhatêng raosipun piyambak. Upaminipun mênggahing pakarêman, tiyang ingkang doyan ulam menda, lajêng ngewani dhatêng tiyang ingkang botên doyan, nanging kasupèn manawi piyambakipun botên doyan ulam maesa, ingkang dados pakarêmanipun tiyang ingkang botên doyan ulam menda wau, dados têgêsipun namung amêndhêt pathokan raosipun piyambak.

Manawi dipun manah, sayêktosipun tuwuhing raos ingkang kados makatên punika namung badhe damêl antuking panarimahing manah, awit mênggah tiyang ingkang kataman ing raos, lajêng katuwuhan osik, amastani bilih tiyang ingkang gadhah tindak makatên punika têtêp namung kêtutup saking êndêming donya, awit salugunipun, mênggahing tiyang punika sami kemawon, botên wontên ingkang mulus tanpa cacad, lan nyata sangêt, Pangeran punika ngadil, dhawahing bingah lan susah mênggahing tiyang sami kemawon. Malah trêkadhang tumrap katêntrêmaning manah sok gampil pinanggih ing tiyang ingkang asor, awit gêsangipun botên kêtutupan [kêtutu...]

--- 1608 ---

[...pan] ing êndêm, ingkang damêl bawuring paningal. Tôndha yêktinipun malih, dipun padosakên pasêksèn ingkang têbih kemawon, kados ta cêcariyosan ingkang kina-kina, ratu ingkang dados sêsêmbahaning tiyang, karsa mangênjali bôngsa tiyang parêdèn kemawon. Ingkang kados makatên punika punapa botên nyata, bilih nata wau lugunipun kêsampiran barang titipan ing donya.

Bab Têtanêman

Pangudi lan pangrêksaning tanêman

Umumipun para sadhèrèk tani punika sami sênêng sangêt nênanêm, awit punika ingkang pancèn dados bakuning pangupajiwanipun. Sampun mêsthi kemawon tansah nyênyadhang indhaking pamêdalipun sarta inggih ngêmohi sangêt dhatêng kapitunan. Nanging manawi kula satitèkakên, taksih kathah kemawon ingkang kirang nglêgewa utawi ngawekani dhatêng bab-bab ingkang anjalari awon lan saening tanêmanipun. Mila saupami andharan kula ingkang sapele punika kagalih, kados wontên paedahipun tumrap ingkang sami purun nindakakên.

[Grafik]

Tanêman sata ingkang kirang rabukipun.

Bab pangudi amrih saening tanêman, kula namung badhe nyariyosakên lêmèn utawi rabuk, ingkang limrahipun dipun wêgahi dening para tani, kakintên botên sumbut kalihan indhaking pamêdalipun, panyana makatên punika manawi kapara ragi panjang, têtela ngalèr ngidul kalihan nyatanipun. Tuladhanipun pintên-pintên, kadosdene para ondêrnèmêng, ingkang pananêmipun manut kawruh têtanèn.

Kula mastani lêmèn punika prêlu sangêt tumraping tanêman, awit: sadaya barang ingkang sabên-sabên dipun pêndhêti, môngka botên wontên lintunipun, lami-lami mêsthi têlas. Makatên ugi lêmèn ingkang wontên salêbêting siti, tansah dipun isêp ing têtanêman utawi thêthukulan, yèn botên dipun lêmèni malih, kadospundi anggènipun tanêman sagêd sae. Dene lêmèn ingkang gampil angsalipun, [angsali...]

--- 1609 ---

[...pun,] inggih punika lêmèning kewan, mila prêlu sangêt kaklêmpakakên. Awuning gêgodhongan, rumput, bungkil kacang, bubukan kalênthêng, lan sapanunggilanipun.

[Grafik]

Tanêman sata ingkang kathah rabukipun.

Lêmèning kewan inggih punika tlethong kaworan uyuh, rumput sarta sanès-sanèsipun. Lêmèn ingkang namung dipun undhung-undhung wontên siti kemawon, punika kathah perangan ingkang migunani sami ical, amargi sami rumêsêp ing siti utawi sami kabur. Patrapipun ngêmpalakên makatên: lêmèn wau kadamêlna luwangan ingkang prayogi, dhasar lan pinggiring luwangan wau kadamêla ingkang madhêt, sampun ngantos lêmèn ingkang awujud toya sami luntur. Lêmèn ing luwangan wau botên kenging lajêng tumuntên kaangge, botên sae dhatêng tanêman, awit sagêd ambosokakên oyod. Kêdah kaayêmakên sawatawis wulan, sagêda ingkang ngantos amor kalihan siti.

Patraping anggènipun ngrabukakên, tumraping pasitèn ingkang badhe katanêman, sasampunipun rampung panggarapipun, lêmèn wau kawradinakên, sarta lajêng kaadhuk malih ngantos lêmèn wau katutupan, awit sarining lêmèn sagêd sirna jalaran bêntèring surya. Manawi nglêmèni ingkang sampun wontên tanêmanipun, lêmèn wau kaulêta kalihan siti sakubênging tanêman malah ragi kapêndhêm, yèn awujud toya cêkap kasiramakên sakubênging wit.

Bab sakit lan ama, inggih punika pangrêksaning tanêman, manawi kagalih prêlu, kula susulakên.

Guru bantu Kêcêpit, Darmaharsana.

--- 1610 ---

Kawruh Sawatawis

Bab piwulang

Sami-sami sêrat kina karanganipun para linangkung ingkang jinis piwulang, Sêrat Wulangrèh punika pangraos kula sampun notog piyambak, kangge waosan tiyang sêpuh prayogi, kangge waosan tiyang nèm punapadene lare, inggih paedah agêng yêktos, makatên ugi tiyang suwita para luhur, tiyang partikulir, tani, sudagar tuwin sanès-sanèsipun, sagêd tumrap sadaya, isinipun piwulang mêntês sangêt, sae, lêrês, nyata tuwin pikantuk, ukaranipun luwês, têmbungipun sarwa prasaja, sabên tiyang mangrêtos botên dadak dipun udhal malih. Ing ngandhap punika kula pêthik satunggal kalih pada sêkar:

Dhandhanggula

Sasmitane ngaurip puniki / mapan ewuh yèn ora wêruha / tan jumênêng ing uripe / satêmah sasar-susur / pangrasane sampun utami / tur durung wruh ing rasa / rasa kang satuhu / rasane rasa punika / upayanên darapon sampurnèng budi / ing kauripanira //

jroning Kuran gonira sayêkti / nanging pilih janma kang uninga / kajaba lawan tuduhe / ….

Kinanthi

Padha gulangên ing kalbu / mring sasmita amrih lantip / aja pijêr mangan nendra / ing kaprawiran dèn kèsthi / pasunên sariranira / cêgah dhahar lawan guling //

dadia lakunirèku / anyêgah dhahar lan guling / lan aja kasukan-sukan / anganggoa sawatawis / ala watêke wong suka / suda prayitna ing batin // ….

Mêgatruh

Wong ngawula ing ratu luwih pakewuh / nora kêna minggrang-minggring / kudu mantêp sartanipun / sêtya tuhu maring gusti / kudu miturut sapakon //

sabab ratu minôngka wakil Hyang Agung / marentahkên kukum adil / mulane wajib dèn ênut // …

Durma

Nora kaya panggawe kang luwih gampang / kajaba mêmaoni / … sapiturutipun kathah sangêt ngantos pintên-pintên pupuh sêkar, kados para maos sampun kathah ingkang nguningani.

Sêrat Wulangrèh punika mila pancèn namung mligi isi piwulang thok ing bab warni-warni. Sadhengah tiyang limrah ugêripun taksih ngidaki tatakramaning praja umum tumrap dhatêng kajawènipun, wiwit lare diwasa ngantos dumugi tiyang sêpuh pisan, amasthi botên sagêd uwal saking têtangsuling piwulang ing dalêm Sêrat Wulangrèh wau, dhatêng kaum kolot jaman kina, punapadene kaum mudha jaman majêng, taksih ajêg sagêd numrapi sadaya, emanipun dene jaman sapunika lajêng botên kalampah, prasasat sampun botên nate kêpranggul tiyang maos Sêrat Wulangrèh.

--- 1611 ---

Nalika alitan kula, jaman sèkêtan taun kapêngkêr, Sêrat Wulangrèh punika taksih sami sêratan tangan sadaya, dèrèng cap-capan, sastranipun wontên ingkang Jawi wontên ingkang Arab (pegon) papaning sêratan dalancang damêlan ing Panaraga, kalamipun ingkang kadamêl nyêrat sada arèn kanamakakên: sruwa, ananging wêkdal samantên kathah sangêt tiyang ingkang rêmên maos Sêrat Wulangrèh wau, sabên pakampungan tuwin ing dhusun-dhusun, kêlimrah tiyang-tiyang waosanipun sami Sêrat Wulangrèh, ingkang botên sagêd Jawi inggih Arab (pegon), wusana sarêng sapunika sampun mêdal cap-capan, Sêrat Wulangrèh punika têka malah lajêng sampun botên kalampahan babarpisan, kilap kadospundi sababipun kula botên andungkap, namung saking kintên-kintên kemawon, kabêkta saya kathah warni-warni sêrat waosan punika bokmênawi, dados sêrat wêdalan lami lajêng kasilêb botên sagêd kêsrambah.§ Sêrat-sêrat kina wau ing sapunika inggih sampun kathah ingkang ngadani ngêdalakên, tamtunipun sintên ingkang rumaos bêtah, inggih lajêng pados.

Pambantu K. 585

Red.

Waosan Lare

Bocah kêmbar

II. Bocah loro padha dipasrahake

[Sinom]

bangêt ramene ing kutha / wong sing liwat slira-sliri / apa manèh têtunggangan / nganti ambingungke ati / kareta pating glidhig / thar-thèr suwaraning pêcut / tumrape wong ing desa / kaya anane Pak Miskin / ora kêndhat tansah mlipir ungak dalan //

barêng arêp nyabrang dalan / anak loro dicêngkiwing / samar bokmanawa tiba / malayu karo dikanthi / barêng wis têkan pinggir / ambêgane ngangsur-angsur / lan clathu mêgap-mêgap / wis slamêt-slamêt saiki / mêngko dhisik thole tak lèrèn sadhela //

Miskin banjur usap-usap / kringête sing ana rai / githok apamanèh dhadha / sing dinggo ngusapi jarit / nuli calathu lirih / kuwi omahe uwakmu / nyambutgawe kêmasan / la kae thak-thok nuthuki / ububane saka kene krungu cêtha //

Miskin arêp mlêbu samar / ing batine rada wêdi / saka wis wêruh ing watak / yèn jug-ujug ditêkani / sok banjur muring-muring / mula Pak Miskin dhèk mau / trima mung ana jaba / ngêntèni yèn uwis sêpi / awit akèh dhayohe sing padha têka //

sauwise ketok sêla / Pak Miskin rada nyêdhaki / nanging durung wani nywara / mung andhodhok cêdhak kori / anake padha linggih / thêklak-thêkluk karo ngantuk / jalaran saka bocah / adoh gone mlaku kuwi / ora suwe kêrungu wong ura-ura //

gêthingku

--- 1612 ---

dhèk cilik mula / yèn ana wong dhangir alis / dhêmên kuku pêpacaran / yèn ana bathuk kalimis / êmbuh rasaning ati / kêpêthuk wong klambi gadhung / èsême mônda-mônda / pleroke andudut ati / wis mampira omahku lindhuk tur kiwa //

Pak Miskin krungune cêtha / yèn sing ura-ura kuwi / kakangne sing duwe omah / kulina karo nyênyambi / kalane lagi thak-thik / tanpa mèngèng andhêkukul / ing sawise watara / ana wong mêtu nakoni / ora suwe mêtu dhewe Ki Kêmasan //

Barêng wêruh sing nèng jaba / asêdhakêp karo muni / la kok jêbule kowe ta / rak wong liya tak arani / dene gawa cah cilik / ngêlosod nèng pinggir lurung / wis ta padha mlêbua / mêsakke anakmu kuwi / kabèh banjur padha mlêbu nyang pandhapa //

ditêmoni cêcêdhakan / gunêman karo disambi / anontoni pagawean / barang-barang sing wis dadi / karo calathu lirih / êjogna cèrète mau / bature nuli kôndha / wedangipun sampun tipis / Miskin sambung malah klêrêsan punika //

Ki Kêmasan banjur nywara / bokne gilo dhayoh iki / sauwise banjur kôndha / rak padha slamêt ta Miskin / anakmu loro kuwi / apa ya padha malaku / ah dene panas-panas / bocah padha dikon kinthil / bok dhèk mau padha ditinggal nèng omah //

ora suwe krungu swara / la kok jêbul kowe Miskin / anak-anakmu êndi ya / rak ya padha kogawani / rak mêsakke yèn kèri / e la kuwi renea gus / Miskin kôndha nyang anak / galo kowe ditimbali / bocah loro mung mênêng karo srengkotan //

uwakne wadon anyêdhak / ngêlus-êlus gênti-gênti / karo muni toblas-toblas / thik nganti sumlêngêt iki / Miskin alon mangsuli / punika wau bak ayu / malampah dhiyat-dhiyat / mung ambujêng mupung enjing / mila lampahipun sawatawis nyêngka //

nuli takon Bok Kêmasan / apa wis madhang kowe lik / patute ya durung mangan / Pak Miskin banjur nyambungi / sampun wontên ing margi / Ki Kêmasan nyambung clathu / gulo kuwi uwèhna / panganan sing ana piring / bocah loro padha kon jupuk panganan //

Ki Kêmasan banjur kôndha / prêlumu apa ta Miskin / dene mênyang ing nagara / gawa bocah cilik-cilik / Pak Miskin amangsuli / inggih kakang yêktosipun / mênggah ing sowan kula / sapisan inggih mung tuwi / kaping kalih bokmanawi sami lêga //

kula nyuwun pitulungan / rèhning kula tiyang miskin / wah makatên malih dhudha / angopèni lare kalih / têmtu botên nyêkapi / ngopèni lan pados butuh / mila yèn kakang krêsa / kajêngipun wontên ngriki / lowung-lowung lare kenging kangge rencang //

Bok Kêmasan bangêt bungah / banjur angguyu nyêkikik / biyèn aku rak wis kôndha / yèn anakmu loro kuwi / karêpku tak opèni / dhêp-idhêp ngrewangi aku / tinimbang tanpa rewang / lowung milu ngitik-itik / Ki Kêmasan sambung iya aku bungah //

nanging aku duwe kôndha / mênyang ing kowe sathithik / yèn nyata kowe wis lila / aja nganti kok jak bali / yèn jênêng lila kuwi / lair batine sing têrus / Bok Kêmasan anyêla / karo manèh apa ta dhi / ana kene jênênge rak ora beda //

le le kowe rak krasan

--- 1613 ---

ya / mêngko tak tukokke pitik / gêdhi-gêdhi siji edhang / mêngko banjur dikurungi / suk rak dadi kêmritik / ki sudagar rada nyaru / bok aja dawa-dawa / la kuwi rak bocah cilik / durung ngrêti dikandhani kaya crita //

Bok Kêmasan anyêkakak / wis mêsthi orane kuwi / Miskin nuli alon kôndha / o kang kula mung sadrêmi / yêktos ing lair batin / kula êmpun pasrah têrus / namane kula napa / yèn gadhaha manah brêndhil / ing cêkake kula gih namung sumôngga //

Kabèh banjur padha lêga / cah loro padha dikanthi / digawa malêbu ngomah / karo banjur diingoni / bocahe banjur lilih / wiwit gêlêm guya-guyu / bapakne ngrasa bungah / anake wis ketok lilih / ing atine tanpa duwe kasamaran //

rong bêngi nginêp nagara / ing esuke banjur pamit / arêp bali mênyang desa / kakangne ya wis nglilani / adhine disangoni / cukup digo tuku banyu / dhèk nalikane mangkat / krungu anake anangis / sanalika banjur trênyuh krasa lara //

Pawartos Sanès Praja

Nata ing Ngabêsi

Para maos kados sampun kêrêp mirêng cêcariyosan ing bab nagari Ngabêsi, dene ingkang kêlimrah kasumêrêpan, cêcariyosanipun kawrat ing Sêrat Menak. Mênggah ingkang kacariyosakên ing Sêrat Menak makatên: nata ing Ngabêsi punika ngêpang kitha ing Mêkah, saking pangojok-ojokipun Patih Baktak, ing wusananipun nata ing Ngabêsi wau malah têluk dhatêng Jayèngrana. Sawangsulipun nata Ngabêsi saking Ngarab, mampir dhatêng nagari Madayin amikut sang nata ing Madayin, dipun kunjara wontên ing Ngabêsi, ing têmbenipun Tiyang Agung Menak amadosi nata ing Madayin dhatêng Ngabêsi. Sasampunipun pinanggih, tiyang agung kalêbêt ing rawa Upas, wusana sagêd luwar saking pitulunganipun Umarmaya. Namung samantên mênggah cêkakaning cariyos nagari Ngabêsi ing Sêrat Menak.

[Grafik]

Sang Rajaputri Zauditu

Dene mênggahing sayêktosipun, nagari Ngabêsi punika dumunung ing tanah Aprikah, wontên ratunipun dipun ayomi ing nagari Inggris, dene cêcariyosanipun sawatawis ingkang pinanggih ing sapunika, mirid saking suraosing kalawarti Inggris, kados ing ngandhap punika:

Ing wulan Sèptèmbêr kapêngkêr punika, ing salêbêting nagari Ngabêsi tansah wontên ura-uru kemawon, sayêktosipun tiyang angèl sangêt sagêdipun nyumêrêpi [nyumê...]

--- 1614 ---

[...rêpi] kawontênanipun ing nagari ngriku ingkang sayêktos. Dados ing bab sêsêrêpan punapa ingkang sampun pinanggih ing nagari ngriku, punapadene kawontênanipun ing samangke, inggih namung sarwa cêkak-cêkak kemawon.

Mênggah ingkang ngratoni nagari Ngabêsi punika nata wanita, jêjuluk Zauditu dene ingkang dados pancêr waris Sang Pangeran Tafari Makonnen saha jumênêng wêwakil nata. Jalaran saking kawontênan ingkang kados makatên punika, nagari Ngabêsi kabage dados kalih golongan, inggih punika golonganing nata wanita wau, kalêbêt ing golongan kaum kolot, satunggalipun golonganing sang pangeran, ingkang tansah ngajêngakên nagarinipun cara gagrak enggal, kala-kala botên cocoging kabatosanipun sok kêtingal.

[Grafik]

Sang Pangeran Tafari Makonnen

Kala tanggal 5 Sèptèmbêr ingkang kapêngkêr punika, wontên priyantun luhur sawatawis ingkang nyulayani sang pangeran, lajêng sarêmbag badhe nyêpêng sang pangeran, mênggah punapa kaparêngipun para luhur wau ingkang saèstu, punika botên kasumêrêpan, nanging sang pangeran angsal pawartos mênggahing sêdyanipun para luhur wau, malah kosokwangsulipun sang pangeran sagêd nyêpêng para luhur wau, dene bab tumindaking lêlampahan ingkang kados makatên punika botên wontên sabawanipun punapa-punapa. Sajawining golongan Ngabêsi, namung sakêdhik ingkang nyumêrêpi punapa ingkang sampun kêlampahan wau, dene pinanggihing ramèn-ramèn punika wontên ing kadhatonipun sang nata putri, kadhatonipun dipun kêpang ing wadyanipun sang pangeran, dados ing salêbêting kitha botên wontên pasulayan punapa-punapa. Katawisipun manawi mêntas wontên punapa-punapa, namung kêtitik saking pajagèn pulisi saya dipun kiyati.

Ing sawatawis dintên wontên rêmbag ing golonganipun sang nata putri tuwin sang pangeran, punapadene para luhur ngantos wongsal-wangsul, wusana sang putri amancasi, bilih sang pangeran wau angsal sêsêbutan: nata. Ing pangintên, sang pangeran wau angsal sêsêbutan nata ing nagari Shoa, ananging dumugi samangke dèrèng wontên karampunganipun ingkang maton. Kajawi punika, wontên karampungan, bilih panguwaosipun wakil nata saya dipun agêngi, lan ugi lajêng dipun warak-warakakên. Sapintên mênggah agênging panguwaosipun sang pangeran ing sapunika, punika dèrèng kasumêrêpan, ananging kintên-kintên, sanadyan sang pangeran wau namung kagungan sêsêbutan nata ing Shoa, botên ing Ngabêsi, ananging sayêktosipun panjênênganipun wau nguwaosi ing saindênging nagari ngriku. Manawi sayêktos makatên, kenging kaajêng-ajêng, bilih kawontênanipun ing

--- 1615 ---

Ngabêsi badhe langkung sae, awit dumuginipusn ing samangke, angèl sangêt ngupados tiyang kanthi panguwaos ingkang nyêkapi, ingkang sagêd ngrampungi ing bab punapa kemawon.

Mênggah pangajêng-ajênging bôngsa mônca, ingkang sami dumunung wontên ing ngriku, prêlu sêsrawungan among dagang, utawi sêsrawungan bab sanès-sanèsipun malih, punika sagêda ngêplêki kados pangajêng-ajêngipun. Sabab manawi kirang kasantosanipun sang nata enggal punika, sampun tamtu tansah nuwuhakên pêpêrangan tunggil bôngsa kemawon, kados ingkang sampun-sampun.

Rêmbagipun Sêmar Garèng lan Petruk

Bab ewah-ewahaning pangangge

Petruk : Mungguh pangandikamu, Rama, wong Jawa disêbut: mênir utawa mopro, ora pantês utawa ora kapenak dirungu ing kuping, kuwi aku pancèn iya ngakoni. Ananging aku arêp takon nyang Rama, apa ya kapenak nyang pêngrungon, nèk ana wong nyêbut bôngsa liya mangkene: dara tuwan, dara nyonyah, dara bah buyut, lan sapiturute. mêngko suwe-suwene ana sêsêbutan; dara tuwan mênir utawa dara nyonyah mopro.

Garèng : Wiyah, Petruk ki nèk omong mêsthi anggone dibanjur-banjurake, mèmpêr bae ora, ana wis disêbut dara tuwan kathik disambungi mênir pisan, kuwi rak prasasat cêkêlane pitu lan papat, wusanane banjur narik Lônda, galodhag banjur tripêl, la nèk ngono iya mantêp nyang ati. Balik wis disêbut dara tuwan kathik diwuwuhi mênir pisan, apa ya bisa kalakon.

Petruk : Lho, bisa pisan, nèk undang-undangan dara tuwan bisa dadi kaprah, kênangapa liya-liyane ora bisa kalakon, kowe rak wêruh dhewe, yèn têmbung bêndara kuwi atêgês: tuwan, lan tuwan atêgês bêndara, dadi bêndara tuwan kuwi, têgêse: bêndara-bêndara utawa tuwan-tuwan, nèk undang-undangan mau, bisa kaping pindho, kênangapa ing têmbe ora bisa nganti sungsun-sungsun têlu utawa papat, dadi besuk-besuke iya bisa dadi kaprah wong nyênyêbut: bêndara tuwan mênir, malah-malah nèk ora kêbênêran, bisa uga ana wong disêbut: Bêndara Tuwan Mênir Siansing.

Sêmar : E, Petruk kuwi gênahe nglulu apa kêpriye, omong kathik têrus-têrus laju-laju dhimana laju, e, kok banjur kêclethut arêp mênyanyi kroncong. Ora Nala Garèng utawa Petruk, padha kawruhana, mungguh anggone bôngsa Jawa duwe basa mangkono, yaiku têmbung bêndara tuwan mau, satêmêne yèn ditaliti cara marsudi basa, mula iya ora bênêr, sabab iya kaya kandhane Si Petruk mau, tuwan kuwi têgêse bêndara, lan bêndara têgêse iya bêndara, dadi bêndara-bêndara rangkêp ora karu-karuan. Nanging yèn kowe kuwi padha paham tênan marang bêbudèn utawa wêwatêkaning bôngsa Jawa, [Ja...]

--- 1616 ---

[...wa,] iya ora ngarani ora bênêr, mêsthi banjur krasa dhewe, yaiku kajaba saka anggone arêp milah-milahake marang sawiji-wijining bôngsa, iya saka anggone arêp angajèni, dadi yèn undang-undang bôngsa Eropah: bêndara tuwan, bôngsa Tionghwa: bêndara babah buyut, bôngsa Arab: Bêndara Wansayid, lan sapiturute. Dene bôngsa Jawa anggone duwe basa mangkono tur kaprah dianggo ing ngakèh kuwi, jalaran saka anggone mituhu marang wulang-wuruking lêluhur: yèn dhuwur-dhuwuring laku iku tumraping pasrawungan kudu andhap-asor. Awit sing sapa kêpengin diajèni ing liyan, ya kudu gêlêm ngajèni. Dadi têmbung rangkêp-rangkêp mau salugune têmbung pangaji-aji, ajine pindho.

[Grafik]

Petruk : Lho, Ma, aku mula iya cocog bangêt karo piwulang ing dhuwur mau, ya pancèn wis wajibe wong urip kudu andhap asor, nanging andhap-asore mau ya kudu sing êmpan papan, têgêse: nèk karo bangsane dhewe utawa bôngsa liya-liya kang sêkirane padha tatakramane, utawa kang mêruhi têmênan karo tatakramane dhewe kiyi, aku ya pancèn rujuk bangêt, nanging manawa anggonmu andhap-asor mau rada kaladuk bangêt, ing môngka tumrap sawijining bôngsa kang ora duwèni cara mêngkono kuwi, têmtune rak malah dirèmèhake lan diewani têmênan, kaya ta mêngkene: ana bôngsa Amerikah pangkat luhur rawuh ing kene, lan kowe kêpengin anêmoni, carane anggonmu nêmoni mau, kok cara nêmoni para luhur ing kene, yaiku nganggo laku dhodhok. Èthèk-èthèk, barêng têkan ngarsane banjur linggih, kêthêprêk, sarta nyêmbah: siyut. Prayagung Amerikah mau, ing sarèhning durung tau uninga tatacara mêngkono, têmtune iya kagèt, ing batin gumuyu lan ngunandika mêngkene: Lho, kiyi bêkakas apa.

Garèng : Wah, Truk, hla wong kuwi mau rak duwe pangarêp-arêpan rong rupa, yaiku: diuncali têpênês twopence (kiyi basa Inggris, têgêse: sêkêthip) jalaran diarani wong ngêmis. [ngê...]

--- 1617 ---

[...mis.] Utawa diêsotake asu, awit saka anggone mundhuk-mundhuk mau, banjur diarani lèdhikilêr (ladykiller).

Sêmar : E, Garèng, nèk arêp ngêtokake têmbung Inggris, kudu sing bênêr, dumèh aku ora ngrêti banjur diwêtok-wêtokake sakrêsanya bae, nèk aku ora salah têmbungmu kuwi rak kaliru, mungguh karêpmu rak mangkene, awit saka anggone mundhuk-mundhuk mau, banjur diarani bangsane wong tukang matèni, kok banjur dikandhakake lèdhikilêr, bêner kiler kuwi atêgês mêmatèni, ananging têmbung lèdhi kuwi atêgês: nyonyah, dadi lèdhikilêr kuwi: wong lanang, kang murih digandrungi para wanita, dadi upama jaman purwa ngono, iya bêndara Janaka kae. Ora Truk, nèk kaya kandhamu mau iya pancèn ora kapenak. Ananging mungguh karêpmu kêpriye.

Petruk : Nèk karêpku bangsaku kabèh kiyi saiki sabisa-bisa kudu ngudi murih kajèn ing bôngsa liya kanthi laku sing ora kurang ajar. Salah sijine laku mau iya migunakake sêsêbutan mênir utawa mêpro.

Garèng : Wah kuwi bênêr bangêt, Truk, ha mara: bôngsa liya kuwi nèk diaturi: bêndara, wèh anggone angglênggêm kiyêr-kiyêr dudu mênus têmênan, nanging nèk ana wong Jawa diundang: tuwan, mênir, nyonyah utawa mêpro, kuwi banjur ana sing calathu: hèh, wat rar, inlandhêr kok mênir. Ha mara, apa ora amangkêlake wêtêng, ananging nèk wong Jawa dhewe wis kêlumrah padha sêbut-sinêbut: mênir utawa mêpro, bôngsa liya ora ana kang bakal kewuhan nyêbut kita orang kiyi: mênir lan mêpro.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès

Pambantu kajawèn ing Jambi kintun pawartos, kala tanggal kaping 14 wulan punika, pulisi manggih bayi wontên ing lèpèn Jambi, kêtitik lare bôngsa Tionghwa, bayi lajêng kabêkta dhatêng griya sakit militèr. (S.).

Ing pêkên Jambi wontên tiyang èstri Jawi dhatêng ing pêkên, nalika nêngah-nêngahi wontên ing pêkên lajêng ambruk botên èngêt, lajêng dipun bêkta dhatêng griya sakit, tiyang wau kalajêng dèrèng sagêd ginêman. (S.).

Wontên pawartos, Insinyur Dêrmawan Mangunkusuma dipun piji pamarentah mariksa kawontênanipun lampah padagangan sês krètèk ing Sêmarang tuwin Kudus.

Têtingalan tonil Indhonesiah ingkang badhe dipun pitongtonakên wontên ing Ngayogya dipun bibarakên ing pulisi, amargi mêngku pulitik.

Wiwit tanggal 8 Sèptèmbêr dumugi tanggal 6 Oktobêr punika, kawontênaning tiyang ing Indhonesiah ingkang tiwas jalaran katrajang sêsakit pès wontên 384.

Kados ingkang sampun kawartosakên ing Kajawèn, ing bab bôngsa Arab ing Surabaya nama Martak sakulawarganipun ingkang sami ngombe puhan mawi racun, ing sapunika pulisi sampun nyêpêng tiyang ingkang kenging pandakwa, tiyangipun ngakên bilih saking pakènipun bôngsa Arab sugih, sudagar sinjang, nanging tiyang Arab wau mungkir.

Kala dintên Ngahad tanggal 11 wulan punika, kathah durjana ingkang sami nyolongi lisah pèt ing Langsa, Sumatra, nanging jalaran saking sêmbrana, andadosakên kêbêsmèn agêng-agêngan, rahayu latu lajêng kenging kasirêp. Pulisi lajêng nindakakên papriksan dhatêng têtiyang Acèh, saha kathah barang cihna warni lisah, ingkang kakintên asli saking colongan. Nanging têtiyangipun sami mungkir.

--- 1618 ---

Wiwit tanggal 15 wulan punika bôngsa tiyang siti ingkang numpak sêpur klas tiga kenging numpak sêpur sênèl saking Bogor dhatêng Tanjungpriuk tuwin kosokwangsulipun tanpa wêwahan prabeya malih.

Punggawa Walandi nama Winckel ing kabudidayan Sumbêr Gêsing, Malang, dipun balang ing sela ing tiyang, sarêng tuwan wau nolèh, sumêrêp wontên mandhor gumujêng tuwin mêmirang, mandhor wau lajêng dipun cêpêng gulunipun dening Tuwan Winckel, nanging tuwan wau lajêng dipun bandhêmi kajêng dening kuli-kuli kathah. Juru sêrat administratir ingkang sumêrêp bab punika lajêng tilpun dhatêng asistèn residhèn ing Malang, botên dangu dhatêng kanthi pèl pulisi tuwin dhoktêr. Ing ngriku lajêng pinanggih têntrêm, dene tuwan Winckel lajêng dipun bêkta Lavalettekliniek ing Malang, saha prêlu kêdah dipun bêdhèl. Pulisi dipun patah manggèn ing Sumbêr Gêsing.

Wontên golongan tiyang sugih tuwin tiyang ingkang gadhah kabudidayan tèh tiyang siti sami parêpatan badhe ngadêgakên pakêmpalan bêbathon adamêl tèh piyambak ing pabrik. Pawitanipun sampun wontên f 50.000.- tuwin sawarnining padamêlan badhe dipun tindakakên ing tiyang siti sadaya. Pabrikipun badhe manggèn ing Garut. Lan ing Sukabumi inggih wontên tindak ingkang kados makatên punika, nanging para ingkang gadhah kabudidayan, dèrèng purun dipun jak nyambut damêl sêsarêngan.

Pambantu Kajawèn ing Surakarta kintun pawartos. Kawartosakên bilih benjing pasamuan dintên wiyosan tumbuk dalêm Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Surakarta ing wulan Rêjêp ngajêng punika, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adipati Danurêja ing Ngayogyakarta, badhe angunjukakên pasumbang lêlangên ringgit tiyang: langên wanara, kagêm pasamuan ing lêbêt dhatulaya.

Pakêmpalanipun para bôngsa Tionghwa ing Surakarta, ugi sampun saeka-kapti sumêdya angunjukakên pakurmatan minôngka ngluhurakên dintên wiyosan dalêm tumbuk wau, awarni arak-arakan agêng-agêngan.

Pakêmpalan Sêtya Sudara ing Surakarta, badhe adamêl arak-arakan mangangge sandhangan wayang tiyang sadaya, mubêng-mubêng ing pêkên dalu, ngalun-alun Lèr.

Kawontênanipun badhe bango utawi toko pêkên dalu, sapunika sampun wiwit dipun garap, cacahipun kathah miwah agêng-agêng. K.585.

Kawartosakên, benjing tindak dalêm pangeran adipati ing Bèlgi dhatêng tanah Jawi namung partikêliran kemawon, prêlunipun supados botên pakèwêd. Tindak dalêm namung sakalihan garwa tuwin dipun dhèrèkakên ing mayor wadya Bèlgi satunggal. Sadumugining Batawi kintên-kintên badhe nyare ing pura dalêm kangjêng tuwan ingkang wicaksana. Makatên ugi tindak dalêm mara tamu dhatêng karajan Jawi Surakarta tuwin Ngayogyakarta ugi cara partikêlir. Sang pangeran adipati wau supados kêtingal namung kados tiyang agêng lêlana.

Putranipun pêpatih dalêm ing Ngayogyakarta ingkang sinau wontên ing H.B.S. nagari Walandi, benjing tanggal 24 wulan punika badhe wangsul angajawi, saha lajêng badhe anglajêngakên sinau dhatêng R.H.S.

Lulus dhoktoral iksamên bagian sapisan ing pamulangan luhur pangadilan Radèn Sukardana.

Ir. Dr. Han Tiauw Tjong gadhah atur dhatêng kangjêng tuwan ingkang wicaksana, nyuwun kèndêl anggèning dados warga Rad Kawula, wiwit pungkasaning parêpatan taun punika.

Rêgènsêkap Sêrad ing Lêbak badhe nyuwun arta pitulungan dhatêng pamarentah kathahipun f 184.000.- prêlu badhe kangge masang plêmpêng toya ing Rangkasbitung, ingkang toyanipun mêndhêt saking sumbêr Ciasêm, sacêlakipun Pandhegêlang. Toya wau badhe kasade sabên samètêr kibik 40 sèn, dalah gunggunging pasewan pamasangipun.

Wontên pawartos kala tanggal 20 wulan punika, jam 1.45 siyang ing Tasikmalaya karaos wontên lindhu santêr, saking wetan mangilèn.

Bale Pustaka badhe ngêdalakên kalawarti basa Sundha, mawi rinêngga ing gambar, dipun namakakên "Parahiangan", ing sawatawis môngsa saminggu kawêdalakên sapisan. Rêginipun ing dalêm tigang wulan f 1.50, polanipun badhe kawêdalakên wontên ing tanggal1 Dhesèmbêr ngajêng punika, dene lajêngipun mêdal wontên ing tanggal 1 Januari 1929.

Gupêrnur ing Surakarta mupakatan kalihan para golongan partikêlir tuwin kabudidayan, prêlu ngrêmbag badhe nyaosi pisungsung dhatêng sampeyan dalêm ingkang wicaksana, benjing ing wiyosan dalêm tumbuk 64 taun.

Wangsulan saking Rêdhaksi

Lêngganan nomêr 3372 ing Magêlang. Tanjanipun arta f 2.50 punika, ingkang f 0.50 kangge wulan Dhesèmbêr '28, ingkang f 2- tumrap wulan Januari dumugi April '29.

Lêngganan nomêr 2520 ing Pakalongan. Pos wisêl f 6- sampun katampi, inggih punika tumrap Kajawèn wulan Dhesèmbêr 1928 dumugi Nopèmbêr 1929, dados kangge 1929 taksih kirang sasuku.

Lêngganan nomêr 3361 ing Bogor. Panjênêngan ngintunakên arta f 1.50 nalika 20/8-'28, lêngganan kapetang wiwit 1/9-'28 dumugi 30/11-'28. Amila dipun kintuni blangko f 0.50 + f 1.50 kajêngipun kangge Dhesèmbêr f 0.50 sarta 1e. kwartal f 1.50. gambar P.P. lan Kdj. botên mêsthi sami. Conto P.P. sampun kakintunakên.

--- 1619 ---

Wêwaosan

Paningal

Karanganipun Sang Rabindranath Tagore, kajawèkakên dening redhaksi Kajawèn

5

Gujêngipun Emanggini, ingkang suwaranipun rênyah arum, sakêdhap adamêl icaling pêpindhanipun mega pêtêng, ingkang gumantung wontên ing antawisipun lare èstri wau tuwin pun Kuma. Salajêngipun tanganipun Kuma ingkang têngên karangkulakên dhatêng gulunipun pun Emanggini kanthi wicantên makatên: Dhuh, adhi, kula nyobi badhe sumêrêp dhatêng sampeyan, saha pun Kuma sarana tanganipun kiwa lajêng ngêlus-êlus rainipun Emanggini malih kanthi alon-alonan.

Nyobi priksa dhatêng kula. Makatên wicantênipun Emanggini kanthi gumujêng latah malih. Punapa kula punika satunggiling têtanêman ing kêbon panjênêngan, dene kula panjênêngan grayangi ing badan kula, prêlu anguningani alusing badan kula sakojur.

Dumadakan Kuma lajêng èngêt, bilih lare èstri punika botên sumêrêp, yèn Kuma punika wuta.

Kuma lajêng wicantên: Adhi, kula punika wuta.

Emanggini lajêng kèndêl, tuwin Kuma angraos bilih mripatipun Emanggini ingkang ambalalak, tansah mandêng dhatêng rainipun Kuma, sajak kapengin nyatakakên yêktos. Makatên ugi Kuma ngrêtos bilih lare èstri wau agêng wêlasipun. Salajêngipun Emanggini lajêng amanah sayêktos, saha lajêng dados bingung, lan sasampunipun kèndêl sakêdhap lajêng wicantên: O, samangke kula mangrêtos, dados makatên punika sababipun anggèning kang raka ngaturi dhatêng ingkang bibi, supados mondhok ing dalêmipun.

Kuma amangsuli: Botên, sampeyan kalintu sangêt, laki kula botên ngaturi ingkang bibi supados rawuh, ananging bibinipun wau rawuh piyambak.

Emanggini gumujêng latah.

Wicantênipun Emanggini: Ingkang makatên punika sampun mathuk sangêt mênggahing bibi, dhatêng tanpa dipun aturi punika punapa sae, ananging sarèhning ing samangke bibi sampun dhatêng wontên ing ngriki sapisan, kula namtokakên, bilih kesahipun saking ngriki punika angèl sangêt.

Salajêngipun Emanggini kèndêl anggènipun wicantên saha nêningali ngrika-ngriki kanthi ngungun.

Ananging punapa ta, dene bapa kula têka anglilani kula kesah mriki. Makatên pitakènipun Emanggini. Punapa panjênêngan sagêd paring priksa dhatêng kula, mênggahing sababipun ingkang makatên punika.

Tiyang kêkalih wau salêbêtipun rêrêmbagan, bibèkipun dhatêng malêbêt. Emanggini lajêng pitakèn dhatêng bibèkipun makatên: Benjing punapa kaparêng panjênêngan kondur ibu.

Bibèkipun sakalangkung kagèt sangêt, wicantênipun: Kang mangkono iku apa jênêng pitakonan. Salawase aku durung tau wêruh uwong kang ora bisa mênêng kaya kowe iku, kowe lan aku rak lagi bae têka, saikine kowe jêbul takon kapan anggone bali.

Emanggini wicantên: Manawi Panjênêngan badhe wontên ngriki kemawon: kenging, awit dalêm punika kagunganipun salah satunggiling kulawarga panjênêngan. Ananging tumrapipun kula, kula badhe matur punapa lêrêsipun, inggih punika, manawi kula botên sagêd lajêng wontên ing ngriki. Salajêngipun Emanggini nuntên nyandhak tanganipun pun Kuma saha wicantên makatên: kadospundi mênggah pamrayogi panjênêngan bak ayu.

Kuma lajêng nyikêp dhatêng pun Emanggini, ananging botên wicantên punapa-punapa, dene bibèkipun sajak rumaos kalingsêman sangêt, piyambakipun mangrêtos, bilih kawontênan ingkang makatên wau wontên sajawining têtanggêlanipun, ingkang punika, amila lajêng ngimur-imur dhatêng kapenakanipun èstri, kaajak adus sêsarêngan.

Kanthi anyêpêngi Kuma, Emanggini wicantên makatên: Botên, kula badhe sêsarêngan kalihan bak ayu. Bibèkipun inggih anglilani, awit kuwatos, manawi kapenakanipun wau kapurih tumut sarana kapêksa, wusananipun tamtu badhe ambangkang.

Salêbêtipun lumampah dhatêng lèpèn, Emanggini pitakèn dhatêng Kuma: Punapaa dene panjênêngan botên kagungan putra.

Pitakènipun Emanggini makatên wau adamêl kagètipun Kuma, mênggah wangsulanipun Kuma: Kadospundi sagêd kula sumêrêp, Ingkang Murbèng Kuwasa botên paring ganjaran anak dhatêng kula, inggih punika sababipun.

Emanggini wicantên kanthi gugup: Botên, sababipun sanès makatên punika. Tamtunipun panjênêngan sampun nate nglampahi dosa. Môngga ngèngêtana dhatêng bibi kula kemawon, panjênênganipun [panjênêng...]

--- 1620 ---

[...anipun] botên pêputra. Ingkang makatên punika tamtu sabab ing panggalihipun sampun kagungan dosa punapa-punapa. Balik bak ayu, dosa punapa ingkang sampun tumancêp ing panggalih.

Têtêmbunganipun Emanggini wau adamêl sakiting manahipun pun Kuma, amargi piyambakipun botên sagêd suka katrangan mênggahing prakawis kadosan punika. Kuma lajêng ngunjal napas saha lajêng wicantên ing salêbêting batos: Dhuh, Pangeran, ngêmungakên tuwan piyambak ingkang nguningani mênggahing sababipun.

Emanggini wicantên sora: tobat-tobat panjênêngan punika ngunjal napas prakawis punapa, salaminipun botên wontên tiyang ingkang migatosakên sangêt dhatêng omongan kula.

Lan gujêngipun lajêng ngumandhang nglangkungi lèpèn.

V.

Ing wusananipun Kuma mirêng, bilih wontên sandhungan warni-warni, ingkang ngèngingi kuwajibaning padamêlanipun ingkang jalêr, inggih punika: lakinipun botên nate purun nuwèni têtiyang sakit ingkang têbih-têbih, lan sabên-sabên enggal-enggal nilar tiyang ingkang sawêg dipun jampèni, sanadyan dunungipun têtiyang wau cakêt kemawon.

Ing kala rumiyin ngêmungakên ing salêbêting nêdha siyang utawi ing wanci dalu sagêdipun ingkang jalêr lumêbêt ing kamar-kamar nglêbêt. Ananging kala punika, sarana mrêlok-mrêlokakên sangêt anggènipun damêl sênênging bibèkipun, sabên jam piyambakipun nuwèni bibèkipun. Manawi Kuma mirêng swaraning bibèkipun, undang-undang Emanggini kapurih mêndhêtakên gêlas, Kuma sagêd mangrêtos, bilih ingkang jalêr wontên ing kamaring bibèkipun. Ing sakawit Emanggini sabên-sabên nindakakên punapa pakèning bibèkipun, ananging wusananipun lajêng lumuh saèstu. Ing salajêngipun, bibèkipun lajêng undang-undang kanthi swara manis: Emang, Emang, Emanggini. Ananging Emanggini saking wêlasipun dhatêng Kuma, saya kêncêng panyikêpipun dhatêng Kuma. Emanggini kacandhak ing pangraos samar tuwin susah. Kadhangkala asring nyikêp pun Kuma kêncêng, kadosdene sato kewan ingkang kabujêng, prasasat botên nyumêrêpi punapa badhe kadadosanipun.

Watawis dintên punika ugi, kakangipun Kuma dhatêng ing ngriku saking Kalkotah, prêlu nuwèni Kuma. Kuma mangrêtos, bilih kakangipun punika tukang nênitèni sangêt, sarta kêncêng sangêt mênggahing adilipun, Kuma kuwatos manawi ingkang jalêr kêpêksa suka katrangan sadaya kemawon wontên ing ngajênging kakangipun. Ingkang punika Kuma nindakakên rekadaya anutupi kawontênanipun ing ngriku ingkang sayêktos, kanthi sêngadi bingah sangêt, ananging Kuma rumaos ajrih manawi anggèning gadhah tindak makatên punika kêladuk, ananging swaranipun kêtingal botên sabaènipun. Ing ngriku lakinipun Kuma mênggah ing bab punika kêtingal bingung, lan pitakèn pintên dangunipun anggèning kakangipun wontên ing ngriku, wusana manahipun ingkang botên sabar wau kêtingal sajak nyêrik-nyêrikakên. Ingkang punika kakangipun inggih lajêng kêpêksa kesah saking ngriku. Ing sadèrèngipun kesah, tanganipun dipun tumpangakên ing sirahipun Kuma ngantos sawatawis dangu.

Kuma angraos, bilih tanganing kakangipun wau andharêdhêg, lan salêbêtipun suka brêkah wau, luhing kakangipun tumètès saking mripat.

Kuma kèngêtan sayêktos, bilih kala punika ing wanci sontên salêbêtipun wulan April, nuju dintên pêkênan. Têtiyang ingkang sami dhatêng ing kitha sami mantuk wangsul saking pêkên. Hawanipun nglêmêng jalaran badhe wontên prahara, gandaning siti ingkang têlês tuwin angin ingkang anyês amradini ing pundi-pundi. Salaminipun Kuma botên nate anggadhahi dilah murup wontên ing kamaripun, awit kuwatos, manawi sandhanganipun kobong, utawi kuwatos manawi wontên kasangsaran sanès-sanèsipun. Kala punika Kuma linggih wontên ing jubin, ing salêbêting kamaripun ingkang pêtêng wau, saha sêsambat dhatêng Pangeran, wontên ing donya ingkang wuta wau.

Sêsambatipun: Dhuh, Gusti kawula, wadana tuwan punika kaling-kalingan, kawula botên sagêd sumêrêp, amargi kawula punika wuta. Kanthi kêncêng sangêt panyêpêng kawula dhatêng kêmudhining panggalih tuwan ingkang tugêl, tangan kawula ngantos mêdal rahipun. Tumrap ing kula, ombakipun samangke kagêngên. Pintên dangunipun anggèn tuwan badhe nyobi dhatêng kawula. Dhuh, Gusti, pintên dangunipun. Sirahipun pun Kuma kadhingklukakên tumumpang wontên ing patilêmanipun sarta lajêng nangis. Sarêng Kuma gumlethak makatên wau, Kuma lajêng karaos, bilih papan patilêmanipun wau ebah sakêdhik, botên watawis dangu Emanggini wontên ing sisihipun. Emanggini ngrangkul Kuma kêncêng saha ngusapi luhipun kanthi kèndêl-kèndêlan. Kuma botên mangrêtos sababipun, dene Emanggini ing dalu punika ngêntosi wontên salêbêtipun kamar, utawi sababipun dene piyambakipun tilêman ing siti ngriku piyambakan. Emanggini botên pitakèn punapa-punapa dhatêng pun Kuma, sarta botên wicantên sakêcap kemawon. Kanthi sasakecanipun, tanganipun Emanggini kasèlèhakên ing bathukipun Kuma, sasampunipun angambungi dhatêng Kuma, Emanggini lajêng kesah.

Enjingipun Emanggini wicantên wontên sangajêngipun Kuma dhatêng bibèkipun makatên: Manawi panjênêngan badhe wontên ing ngriki taksih dangu malih, punika sakarsa panjênêngan, kula badhe mantuk piyambak kalihan rencang. Bibèkipun amangsuli, bilih Emanggini botên prêlu kesah piyambakan, awit bibèkipun ugi badhe wangsul. Salajêngipun bibèkipun mêndhêt sêsupe mutyara saking êdhus baludru mawa wulu, kanthi gumujêng kadamêl-damêl, wicantênipun: Dêlêngên ta gilo Emang, ali-ali apik bangêt, anggone anggawa kaponakanku dhoktêr, diwènèhake kowe. Emanggini ngurêg-urêg tanganipun bibèkipun anglolos sêsupe.

(Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]