Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-12, #1643

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1928, #1643
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-01, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #373.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-02, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #374.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-03, #1643 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #375.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-04, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #376.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-05, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #377.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-06, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #378.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-07, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #379.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-08, #1643 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #380.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-09, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #381.
10.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-10, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #382.
11.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-11, #1643. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #383.
12.Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-12, #1643 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #384.

Ôngka 96, 17 Jumadilakir Taun Alip 1859, 1 Dhesèmbêr 1928, Taun III.

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1637] ---

Ôngka 96, 17 Jumadilakir taun Alip 1859, 1 Dhesèmbêr 1928, Taun III.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Gunung Sitoli (Nias).

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar ing pasisiripun pulo Nias, sawanganipun katingal asri. Ing pasisir ngriku wontên kuburan Tyonghwa, ingkang ing wêkdal wau nuju wontên mayit ingkang badhe dipun kubur, mila untaping tiyang kêtingal kathah.

--- 1638 ---

Raos Jawi

Kasujanan.

Sawênèhipun tiyang mungêl makatên: kalimputing manungsa marang tindak diksura, adoh kaèngêtane kang mamrih rahayu, sarta ninggal ing kasujanane iku andrawasi, awit kang mangkono gampang kalindhih marang watak murka angôngsa-ôngsa, yèn andadra bisa gawe cilaka, tanpa mikir anane dosa. Mulane ora mungguh bangêt yèn ta ginawe tuladha.

Saking tuwuhing pitêmbungan ingkang makatên wau, lajêng anggèndèng makartining badan kula, tangan nyandhak dalancang nyêpêng pèn, wasana reka-reka adamêl gubahan sawarni-warninipun, ing pangangkah: saupami kanggêp badhe kula udhokakên minôngka isining taman Kajawèn. Sarta punapa ingkang kawiyos lajêng wujud dados sêratan ing ngriki punika: kanyataaning kuwasanipun pikiran ingkang pikantuk wangsiting cipta, kumênyuting manah parêmpêng ngarang, mênggahing wosipun namung sumarah.

Wontênipun tiyang pabên utawi kêkêrêngan, punika botên mêsthi jalaran prakawis ingkang langkung prêlu sarta agêng, nanging tarkadhang namung jalaran bab sapele sagêd dados witing pabên, inggih punika amargi saking rêmbag sakêcap ingkang botên condhong kalihan pamanggih utawi pikajênganing satunggil lan satunggilipun, tuwin kirang kasujanan lajêng nuwuhakên pasulayan, wasana dahuru pabên anggêgirisi. Buktinipun sampun kathah kemawon ingkang kadadosan: wontên tiyang pôncakara ngantos nandhang tatu utawi pêjah salah satunggal utawi sampyuh, wiwitanipun saking rêmbag sakêcap utawi pratingkah saênyèk ingkang kakintên-kintên kirang prayogi, ngantos kenging binasakakên: rêbut balung tanpa isi.

Ananging ingkang makatên punika adhakan namung pinanggih ing tiyang ingkang kirang nalar, utawi kirang jêmbar pamanahanipun, saha malih sakalih-kalihipun sami kasupèn, botên ngèngêti kadadosanipun ing wingking, sabab ing salakasakala. punika prasasat sirna kamanungsanipun. Kabêkta saking rupaking pamanahan, kacênthok rêmbag sakêcap ingkang botên nyundhuki wau, mak brêbêl murub hawa napsunipun, upami mêloka: kados latu angalad-alad, urubing latu kawawa ambêsmi sakathahing punapa kemawon sacêlakipun ngriku. Lah inggih makatên punika ingkang kabasakakên: kalimputing manungsa dhatêng tindak diksura, awit kaèngêtanipun mutmainah kagèndèng kawon daya dening dêrênging amarah. Beda kalihan wontênipun tuwin ingkang cêkap ing nalar sarta jêmbar sagantênipun, tamtu botên badhe kadadosan makatên.

Kapirid saking carakan ing nginggil punika, samangke sampun têtela, sanajana pamicara sakêcap utawi tindak sapêcak, yèn botên kalêrêsan sagêd ugi anuwuhakên bêbaya tumraping raga, rudahing nala adamêl risaking angga, risaking

--- 1639 ---

raga dados nalangsaning jiwa, sisip-sêmbiripun kawawa anglarut adêging yuwana.

Pramila prêlu, sarta sampun mungguh sangêt tumrap tiyang ingkang ngudi kayuwananing agêsang, kêdah tansah èngêt kanthi prayitna, ing tindak-tanduk, solahbawa tuwin muna lan muni ngangge dêdugi lan prayogi, botên atilar ing rêringa, ing pangangkah murih supados botên sagêd nuwuhakên bibiting parapabên, wasana sagêd anglênggahi kayuwanan, sirna ing panyaru. Lah inggih ingkang makatên punika kenging sinêbut: sujanma sujana, têgêsipun tansah nyumêrêpi êmpan papaning têpa, winatara murih sarwa dhangan samukawisipun, kados ingkang sampun kasêbut ing wulang dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana IV ing Sêrat Wulangrèh (sêkar pangkur kapêndhêt namung sapada) ungêlipun makatên:

Dêduga lawan prayoga / myang watara rêringa aywa kari / iku parabot satuhu / tan kêna tininggala / tangi: lungguh: angadêg tuwin lumaku / angucap mênêng anendra / duga-duga nora kari //

Piwulang sapada nginggil punika kados sampun nyêkapi sangêt minôngka pêpandom tumraping agêsang mamrih lulus yuwana, malah kanggening kula nganggêp bilih punika satunggiling wasiyat uga ingkang kenging kadamêl jêjimat paripih. Saya tumraping tiyang ingkang gadhah sêsêbutan: janma sujana, prakawis punika pancèn sampun rêrêgêmanipun.

Dene têmbung sujana, punika yêktosipun sampun murakabi tumraping lair batos, wosipun pangatos-atos ingkang kanthi têpa (ukuran). Dados ing sasolah, sabawa, muna lan muni sampun angênggèni ukuran. Yèn dipun muradi makatên: manah sujana kanthi prayitna dados êmpaning manah ingkang dhatêng kaprayitnan, botên ngantos kêpasuk ing wicantên. Awit gadhah rêringa ing pamicara, mila botên namung sok gêlogok kemawon. Winatara botên kirang botên langkung awit kanthi rêringa, dados botên dhumawah ing lêpat. Pramila ing dalêm sêsêkaran wau mungêl: iku parabot satuhu. Jalaran yèn tiyang tanpa ngênggèni pamanahan makatên lêpat-lêpatipun manggih pakèwêd.

Sapunika saya cêtha malih, bilih kasujanan makatên minôngka sêsanguning ngudi kawilujêngan, awit dening sampun sarwa nyujanani (sanajan tumraping bab punapa kemawon) dados botên sagêd nuwuhakên saksêrik punapadene panyaru, sampun malih tukar pabên, tamtu botên badhe kalampahan.

Wasana namung dumugi samantên dêdungkapaning orean punika, kados sampun cêkap ingatasipun bab kasujanan. Dene mênggahing wosipun: punika dede punapa-punapa, namung mèngêti rèhning rumaos kasinungan pamikir prêlunipun kangge mêmikir, dados sinau ngothak-athik. Botên langkung bilih wontên kêkiranganipun punapadene kaladuking atur kula, mugi kakèrêma ing baludaging samodra pangaksama.

Nirrasa Nitiatmaja, Tumpang, Malang.

--- 1640 ---

Bab Têtanêman

Sawo.

Sawo punika ingkang kêlimrah wontên ing tanah Jawi Têngah wontên tigang warni, inggih punika: sawo êmas, jawi tuwin mênila.

[Grafik]

Ha. Sawo êmas punika warni, sarta wangun tuwin agêngipun sami kalihan jambêt kluthuk nanging ngantos matêng têrus ijêm kemawon, klamudanipun pêthak. Witipun mèmpêr wit pêlêm, godhongipun kados godhong durèn nanging ragi wiyar.

Na. Sawo jawi, warnining kulitipun abrit wungu, wangun tuwin agêngipun sami kalihan tigan ayam kate, witipun ugi sagêd agêng, godhongipun bawuk ragi kandêl. Kajêngipun sae sangêt kangge dandosan warni-warni ingkang alus-alus. Namung sawo kalih warni punika awis ingkang rêmên nanêm, awit kajawi raosipun botên patos eca, kalih pisan sami kagolong kitri taun, dados kirang genjah pamêdaling asilipun.

Ca. Sawo mênila, pandugi kula kados botên wontên priyantun ingkang dèrèng uninga dhatêng sawo mênila, saha tinimbang sawo kalih warni kasêbut nginggil mênang piyambak raosipun, mila kathah ingkang rêmên nanêm, awit: 1. botên milih papan, 2. awohipun lumintu kemawon, prasasat tanpa mangsan. Tur pananêmipun trimah wontên sakiwa têngêning griya, ngiras kangge pasrening plataran. Dipun kêbonakên inggih prayogi, nanging makatên punika yèn niyat kangge pangasilan. Sawo satunggal yèn ing padunungan kula pajêngipun: sasèn dumugi sabenggol. Kangge lêgi-lêgi bibar dhahar inggih mungguh.

Mênggah pangimbêtipun sawo punika kêdah kakumbah rumiyin mawi dipun kosoki sêpêt, supados ical talutuhipun.

Dene pananêmipun sawo punika sarana kacangkok. Panyangkokipun mindhaha pang ingkang lêncêng, tuwin kêdah nyarêngi tumapakipun môngsa jawah, yèn kalêrêsan, tigang wulan sampun mêdal oyodipun. Yèn sampun makatên kantun nyumanggakakên pananêmipun, punapa têrus katanêm punapa ngêntosi tumapakipun jawah malih, mawi-mawi papanipun. [pa...]

--- 1641 ---

[...panipun.] Manawi cangkokan nêmbe katanêm, sakubêngipun kapagêrana ingkang ragi santosa, prêlunipun botên gampil kaoyag-oyag ing lare utawi barang-barang sanèsipun, awit yèn oyagipun sangêt, sagêd mutungakên oyod ingkang taksih ênèm, saha manawi ing ngriku cêlak kalihan ingah-ingahan menda kêdah prayitna, awit pupusipun ingkang sampun katêdha ing menda punika trubusipun malih lajêng bungkêr, dados anjalari kirang suburipun. Wiwit nanêm dumugi umur kalih taun kemawon yèn sae pangupakaranipun sampun kenging kaajêng-ajêng wohipun.

Dumugi samantên andharan kula ing bab sawo.

Sukarman, G.b. Jrakah, Kaliwungu.

S.C.S.

Waosan Lare

Bocah Kêmbar.

IV

Miskin ngundhuh susuh manuk.

[Pangkur]

bungah bangêt dhèk samana / rumasane Miskin sajroning ati / bêgjane wis ngumbuk-umbuk / dene lunga sadhela / mênyang alas dadak nêmu wulu manuk / yèn ta manuke kênaa / bêgjane rak gêgirisi //

lakune sadalan-dalan / tansah mèsêm karo muni drêmimil / ngetungi ananing butuh / kabèh bisa kêcandhak / mula bangêt ayême ing ati têrus / ngrancang satêkaning omah / ngicipi rasaning mukti //

sawise têka ing omah / nuli linggih ora kêndhat mêmikir / iba yèn katêkan besuk / nyêkêl manuke êmas / mêsthi bakal bisa tuku motor mabur / wong lagi wulu salêmbar / rêgane uwis saanggris //

gagasane sing mangkana / malah ora bisa nêntrêmke ati / sadhela-sadhela nyat-nyut / gagas sing ora-ora / pijêr salin-salin bae ambarubul / dadi mung kêbak gagasan / nganti bêngi tanpa nglisik //

mèh nganti têkan jam lima / babarpisan ora bisa ngalisik / yèn nuju kêtêmu mathuk / banjur krungu mak grobyag / iya kuwi tangan gêbrag ambèn sêru / nganti tanggane anyapa / ana apa ta Pak Miskin //

Pak Miskin lagi rumasa / yèn anggone mêlèk sawêngi kuwi / tanpa tuwas tiwas kawus / atine byang-êmbyangan / barêng krungu tôngga takon wayah esuk / wangsulane: niki napa / lagi anggêbyagi tinggi //

Miskin banjur bae mangkat / bali manèh nyang alas anggolèki / manuking dhèkwingi esuk / lakune dhiyat-dhiyat / wayah padhang ning alas lakune tutug / sadhela-sadhela ndhangak / bokmanawa anrênjuhi// [anrê...]

--- 1642 ---

[...njuhi//]

dhèk samana wis dilalah / barêng Miskin andhangak milang-miling / wêruh manuk êmas nuju / ana susuh ing pragak / mung êndhase sing ketok mênthongol murub / dening kêsorotan panas / mancorong ambalêrêngi //

Miskin mung tansah andhangak / ora lèrèn tangane anudingi / lan sirahe manthuk-manthuk / saka bangêt ing bungah / lan wis mêsthi kêna dijibake butuh / nuli mènèk lon-alonan / aja nganti ngêgèt-gèti //

barêng mènèke wis cêdhak / kira ana sapranggèh kurang luwih / banjur lèrèn ngangsur-angsur / lan ngiras ngarah-arah / pandêkêpe manuk aja nganti luput / nuli muni: Bisêmilah / manuke didêkêp wani //

nanging manuke anggêblas / Miskin kagèt karo anyabawa:it / e dilalah priye mau / ana mung kari nyandhak / ora wêruh jêbule manuke mabur / hêm hêm wong yèn durung bêgja / cilakane tansah kinthil //

wise ngono banjur ngungak / jêron susuh karo muni: la kiyi / nadyan ora olèh manuk / êndhog aku wis trima / dene kabèh iya padha êmas murub / wah olèhe gêmèndhêl: ta / la: ya wong êmas wis mêsthi //

tak etunge coba pira / ji ro lu pat ma e mung lima thil /Kurang satu suku kata: ji ro lu pat lima e mung lima thil. ambak-ambak iya lowung / Miskin sawise gagas / banjur mlorod rikat-rikat sêlak mudhun / ing sawise têkan nglêmah / tumuli malayu ngênthir //

têkaning dalan nagara / banjur alok-alok sêru mandhêg sir / têng kêmasan enggal êmpun / kretane nuli mangkat / ora suwe wis têkan dibayar rampung / ora srônta mlêbu padha / lan muni kang gile niki //

ontên tigan kok kancana / napa kakang êmpun nate mrangguli / kakangne nalika krungu / banjur ngungak sing têka / lan ngingêtke êndhog iya bangêt gumun / ning atine rada ewa / rumasa diiwi-iwi //

wise ngono banjur kôndha / ing patrape sajak akirig-kirig / e ladalah dudu mênus / êndhog athik kêncana / nanging Miskin rada samar mungguh aku / e manawa aja-aja / êndhog bangsane malati //

uwis ta kono sèlèhna / tampanana iki lho limang anggris / lan kuwi sêlak tak lêbur / awit atiku samar / bokmanawa setane sing duwe nusul / ora wurung ngômbra-ômbra / wong saomah ditêkaki //

sanalika Miskin biyas / ora ngrêti yèn êmung diapusi / banjur pamit inggih sampun / kakang kula kêlilan / kakangane amangsuli sajak gugup / iya Miskin ananging ta / bok manuke kogolèki //

karuhane yèn kêcandhak / mêngko harak kêna disêtiyari / lan gawanên rene ya gus / mêsthi tak tuku wis ta / sarupaning ewah-ewuh ana aku / Miskin mlaku lon-alonan / karo ngêmèk-êmèk anggris //

byar atine banjur padhang / ora samar barêng kèlingan dhuwit / lan sêdyane arêp têrus / bali mênyang ing alas / bokmanawa manuke bisa kêtêmu / mula mlaku dhiyat-dhiyat / êmbuh priye ora ngrêti //

(Badhe kasambêtan)

--- 1643 ---

Kawruh Sawatawis

Batangan Cangkriman.

Ananggapi panjurungipun sang linangkung campur-bawur, ing Kajawèn ôngka 92, nanging pambatang kula namung kula têdhak sungging kemawon, têgêsipun botên mawi sinawung têmbang, awit nalika kalih wulanan sapriki kula sampun ngaturakên panjurung mawi têmbang campuran kados panjurung ingkang kabatang punika, namung beda larasipun, nanging ki lurah redhaktur dèrèng karsa macak, bokmanawi kagalih kirang prêlu. Ingkang punika amila batangan kula namung kula lugokakên kemawon.

1. Sêkar Dhandhanggula

sun angidung pirang pada mamrih / dipun batang dening para wignya / kasusastran kang lwih tyase / prêlu ngudi manawung / punika mrih dèn êncup maring / para nung kang kasdu tyas / ambabar sahnya wus / yun sun aturi puji myang / ingalêm wus trang sing wignyanya batang mring / cangkriman kula têmbang //

Sêsêlanipun Sêkar Pocung kalih pada.

sun angidung pirang pada mamrih dipun / batang dening para / wignya kasusastran kang lwih / tyase prêlu ngudi manawung punika //

mrih dèn êncup maring para nung kang kasdu / tyas ambatang sahnya / wus yun sun aturi puji / myang ingalêm wus trang sing wignyanya batang //

2. Sêkar Maskumambang

bramintarda yun linipur murih mari / amrih budi saka / sêdya kaarsayan nanging / tyase mandar dadi buyar //

swuh saking tranging tan antuk ati wêning / kang mrih bengkas sanggya / kang manawung sru rudatin / sumandhang mrih tyas tan kêna //

ywan binerat satêmah dadi magêng gring / saya têbah purna- / nira karasa tan bangkit / mamrih santosaning sêdya //

Sêsêlanipun Sêkar Kinanthi kalih pada.

bramintarda yun linipur / murih mari amrih budi / saka sêdya kaarsayan / nanging tyase madarmandar. dadi / buyar syuh saking tranging tan / antuk ati wêning kang mrih //

bengkas sanggya kang manawung / sru rudatin sumandhang mrih / tyas tan kêna ywan binerat / satêmah dadi magêng gring / saya têbah purnanira / karana tan bangkit mamrih //

3. Sêkar Mijil

maring tyas mung dènnya yun manganggit / trus tur tansah kadho / sru myang isin bok cinacad ing lèn / tuhu wit wrin mung sing nular angling / wus trang ana kang mrih / kawong moh gêguru //

Sêsêlanipun Sêkar Mêgatruh.

maring tyas mung dennya yun manganggit trus tur / tansah kadho sru myang isin / bok cinacad ing lèn tuhu / wit wrin mung sing nular angling / wus trang ana kang mrih kawong //

Ing pada ôngka 4 kula ragi amborongakên awit kula wolak-walik ing sêkar macapat dhawahipun pada lingsa sadaya ngadhal, botên sagêd anêtêpi ugêring sêkaran. Manawi dipun pêksa ugi kenging, nanging kau sangêt, kilap manawi [mana...]

--- 1644 ---

[...wi] ing sêkar agêng, punika kula aborongakên para ingkang mangrêtos ing sêkar agêng awit kula pancèn botên sagêd. (mriksanana Kajawèn nomêr 93, ing ngriki uga sampun kalêrêsakên. Red.).

5. Sêkar Dhandhanggula.

mangkya kidung kang anjaga ratri / lulus lugu sisip marang ala / anulaka blai kae / setan lan jim tan purun / angambah mring ragèngsun tuwin / karti dur tan saguh lan / wêdiya lawan wus / mung trus datan sir ênir myang / mring godha wis trang padha balak nglênthar nging / salamêt manggih suka //

Sêsêlanipun Sêkar Sinom.

mangkya kidung kang anjaga / ratri lulus lugu sisip / marang ala anulaka / blai kae setan lan jim / tan purun angambah mring / ragèngsun tuwin karti dur / tan saguh lan wêdia / lawan wus mung trus datan sir / ênir myang mring godha wis trang padha balak //

Ing nginggil punika kirang langkung manawi wontên kalintunipun kula nyuwun pangaksama.

It dilalah kêblêgêg sasat kêblabak, nyatane, datan pisan ngintên manawi Sang Lêbda, jêbule, kang pambatang kawan pisan têmahira, kêplèsèd.

Red.

[Asmaradana]

kasmaran sun kapencut mring / cangkriman di kang kapacak / ing madyaning Sri Kajawèn / gya kalimput sing panggagas / ugi tan jrih cinacat / yèn pambatang amba klintu / mung nyadhong sih pangaksama //

tumut ambêbatang ugi / nadyan dèrèng wigya ngripta / mung sinau panggayuhe / tur anêdya lêlipuran / pikantuka têtômba / kapisukan manah kalbu / kairing sung pamujyarja //

cangkriman kang wus tinulis / kapisannya baku sêkar / dhandhang manis tur cacahe / gih satunggil pada sêkar / kasêkar lyan dadosnya / tigang pada Sinom Pucung / kang kapindho Maskêmambang //

Maskêmambang cacahnya tri / Dhandhanggula mung sapada / wuwuh kalih Kinanthine / katiganya Mijil sêkar / cinacah mung sapada / wuh sapada gih Mêgatruh / ugi Gambuh swiji sêkar //

pat kang baku Dhandhangmanis / Pucung Sinom amalihnya / patang pada petungane / gya ginunggung sadayanya / baku sêkar sêkawan / nuwuhakên sanèsipun / sêwlas sêkar môncawarna //

Pambatang saking: Tong Dyam Hok, Tidhar sêtrat, Magêlang.

Kula unthut kêmpis-kêmpis / yèn bêlita sawung cawang / athik angsal unthut pengos / wani ngapit: môngga-môngga / bae ngukup sadaya / ot gandri sontoloyo jun / jêbul kêncine mangangah //

Red.

Nglêrêsakên kalêpatan.

Ing Kajawèn nomêr 91 ing bab Jagading Wanita, gambaring putri kêkalih, punika asmanipun kêlintu, mênggah lêrêsipun ingkang sêpuh Radèn Ajêng Sunami, ingkang nèm Radèn Ajêng Mari. Lan tokonipun Niwên Wingkêl.

Redhaksi ngaturi panuwun dhatêng lêngganan nomêr 3319 ingkang kaparêng nglêrêsakên kalêpatan wau.

Red.

--- 1645 ---

Jagading Wanita

Dayaning Brambang.

Brambang punika kêlimrah sangêt dipun wastani dados bumbuning olah-olah. Olah-olahan cara punapa kemawon botên nyêpênakên brambang, kados ta olah-olahan cara Walandi, Tiyonghwa, Jawi tuwin sanès-sanèsipun. Caraning panganggenipun dipun wor, inggih punika dipun wastani kangge ambumboni, botênipun makatên inggih dipun gorèng, lajêng kangge ngwur-wuri sanginggiling olah-olahan ingkang sampun matêng, kajawi wujudipun dados sae, ugi amêwahi ecaning raos. Kosokwangsulipun olah-olahan ingkang tanpa brambang, punika raosipun cêmplang.

Kajawi kangge bumbu olah-olah, brambang punika ugi kenging kangge acar kêcut, tuwin kangge lalab, malah tumrap ing bôngsa Jawi brambang punika dipun prêlokakên sangêt kangge lalabipun nêdha tiyang pinuju gadhah anak. Awit mênggahing tiyang gadhah anak, punika panêdhanipun kikrik, botên kenging nêdha bangsaning amis-amis, pêpêdhês, kokoh tuwin sanès-sanèsipun ingkang kakintên badhe andadosakên botên sae. Dene manawi nêdha brambang kangge lalab, punika sagêd ngecakakên nêdha, awit raosipun inggih lêgi, pêdhês tuwin sêngak, lan malih cariyosipun gadhah daya ngecakakên toya sêsêpan.

[Grafik]

Makatên malih mênggahing bôngsa Jawi, brambang punika inggih katêngênakên sangêt kanggê jampi, tumraping lare kangge pupuk manawi nuju pilêk, kangge tapêl, dene tumrapipun tiyang sêpuh kangge jampi sakit wêtêng, dipun wor ing lêmpuyang, jampinipun lan dipun wastani brambang lêmpuyang, makatên ugi kangge jampi watuk. Cêkakipun mênggahing pigunanipun kangge jampi, tumraping bôngsa Jawi sampun paham sangêt.

Mirid saking pigunaning brambang kangge jampi wau, wontên èmperipun sakêdhik bilih pêdhêsipun punika gadhah daya, lan mênggahing nyatanipun, brambang punika pancèn gadhah daya pêdhês sêngak kados mawa sêrêng, mila tiyang nungkuli brambang ingkang nuju dipun oncèki lajêng carocosan ngêdalakên luh, sampun malih ingkang nama dipun oncèki, sawêg kalanipun dipun dhudhuk saking tanêman, punika gandanipun sampun sêngak, sagêd dumugi sakanan keringipun papan ngriku.

Jalaran saking sêngaking brambang wau, tiyang ngoncèki brambang punika kêdah dipun têbihakên, awit manawi [ma...]

--- 1646 ---

[...nawi] anggènipun ngoncèki tumungkul cêlak kalihan brambangipun, inggih lajêng ngêdalakên luh kados tiyang nangis. Inggih manawi anggèning ngoncèki brambang punika namung sakêdhik, nanging manawi kathah, kados ta tumrap kokining hotèl agêng, koki kapal, koki militèr, koki griya sakit tuwin sanès-sanèsipun, tamtu badhe rêkaos anggènipun nyingkiri gêgandan ingkang kados makatên punika, amargi kêpêksa nindakakên oncèk-oncèk brambang kathah.

Ingkang makatên punika tumraping para ngudi kasarasan, sanadyan namung padamêlan oncèk-oncèk, inggih dipun manah murih prayoginipun, awit samukawis ingkang andadosakên sabab, punika inggih tamtu damêl kirang prayogi tumrap kasarasaning tiyang.

Ing sapunika sampun pinanggih tôndha yêktinipun, koki militèr ing tanah Eropah sampun nindakakên oncèk-oncèk brambang ngangge topèng, prêlunipun inggih kangge nulak sêrênging brambang ingkang ngèngingi mripat tuwin irung, kados ingkang kacêtha ing gambar. Lan manawi mirid kawontênanipun ing gambar, wontênipun mawi topengan wau, nama botên anèh, awit anggènipun ngoncèki brambang botên sakêdhik, dados sanadyan namung oncèk-oncèk, manawi kathah, dayaning sêrêngipun ingkang ngèngingi rai, dangu-dangu inggih botên prayogi, môngka lajêng tumindak sabên dintên. Dados malah lajêng têtela, bilih dayaning topèng wau agêng sangêt.

Ihtiyar ingkang kados makatên punika, botên sande tamtu inggih tumular dumugi ing Indhonesiah.

[Grafik]

Kêbon sayuran warni-warni ing Tosari.

--- 1647 ---

Pawartos Sanès Praja

Tamu Agung ing Tanah Jawi.

Kados ingkang sampun kacariyosakên ing Kajawèn ing bab badhe rawuhipun Pangeran Adipati ing Bèlgi wontên ing tanah Jawi. Ing ngriki kados prêlu kacariyosakên cêkakan mênggahing kawontênanipun nagari Bèlgi.

Praja Bèlgi punika kaprênah sakidul kilènipun nagari Walandi, agêng alitipun inggih mèh sami, dene têtiyangipun bakunipun inggih bôngsa Walandi, ingkang sisih lèr golongan Vlaam punika ngangge basa Walandi, dene ingkang kidul nama Waal, ngangge basa Prancis.

Mênggah ing rumiyinipun, nagari Bèlgi punika pancèn dados satunggal kalihan nagari Walandi, kados kala jaman pêpêrangan kalihan karajan Sêpanyol, punika taksih kêmpal, nanging sabibaring pêrang, sarêng ingkang jumênêng nata Sri Narendra Willem I praja wau lajêng pêthal dados kalih dumugi sapriki.

[Grafik]

--- 1648 ---

Tindakipun sang pangeran adipati wau, wontênipun ing jajahan Walandi badhe ngandikan ngangge basa Walandi.

Ing sasisih punika gambar garwanipun sang pangeran, asma Raja Putri Astrid, inggih badhe andhèrèk tindakipun ingkang raka, dene putra ingkang dipun pangku asma Josephine Charlotte, punika badhe katilar wontên ing Swèdhên, andhèrèk ingkang eyang.

Rêmbagipun Sêmar Garèng lan Petruk

Bab Pigunanipun Tiyang Nglêbêtakên Adpêrtènsi ing Sêrat Kabar.

Candhakipun Kajawèn 95.

Petruk : Ma, kajaba ngandhakake, yèn Panji Pustaka sathithik bangêt kang maca, Garèng iya ngomongake yèn ana koran pribumi liya-liyane, kang padha macak adpêrtènsi mau, jarene pakolèhe rak ora sapiraa. Lho, nèk aku ora klèru, salah sijining koran sing macak adpêrtènsi kuwi, iya koran sing jarene diup-rêdhakturi Garèng kanthi gratis mau. Carane Garèng kang mêngkono kuwi, anjalari aku banjur kèlingan lêlakonku sing biyèn-biyèn, yaiku nalikane aku duwèni bojo: Mas Rara Soblêm, la kuwi wiwitane, sanadyan aku ora tau diliwêtake, ora tau digodhogake wedang, ewadene pangrasaku Si Soblêm tansah katon: luwês, gandês, kèwês, pantês, mêrak-ati ulêng-ulêngan, ananging saikine barêng wis dak talak pitu, aja manèh ngêmèk, ngingêtake bae wis ora sae.

Garèng : Lho, Truk, kuwi pancèn iya padha karo panêmuku tumraping koran sing dak up rêdhakturi dhèk biyèn, kala samana pancèn katon jêmpol têmênan, wawasane katon: cêsplêng, up artikêle ya: kampi, apa manèh yèn aku wis ngêtokake kritikan, wah, anggone gandêm prasasat juwadah dipangan nganggo êndhog pindhang, awit kritikanku mau mêsthi: maton, mratani tur makolèhi ing ngakèh. Cêkakane koran kuwi, kalane isih tak cêkêl, aja manèh wong nganti maca isine, lagi maca jênênging up rêdhakture bae, rasane mantêpe prasasat mrangguli pacangane lagi pupuran.

Sêmar : Kandhamu sing pungkasan kiyi pancèn nyata, ora susah lagi pupuran, lagia apa bae pacangane, nèk kene wêruh iya mantêp. Ananging apa mantêpe mau padha karo priyayi-priyayi sing padha maos koran sing kok up rêdhakturi, la kuwi nèk cara santrine: walahualam. Ana paribasan Walônda rong warna, kang unine cara Jawane mangkene: tong nèk kothong suwarane kaya kênthongan, lan ngalêm awake dhewe kuwi amambu. Kang ngarêp têgêse kaya wis cêtha. Yaiku wis pancèn mêngkono, tong kuwi

--- 1649 ---

nèk isine kêbak, dithuthuka unine ya blag-blêg bae, ananing nèk kothong unine mêsthi, wèh, kêmlonthang tênan, kuwi dadi ibarate wong urip, nèk isi, têgêse sugih kawruh, kabèh wicarane kang arêp diwêtokake, mêsthi nganggo dipikir dhisik kanthi têmênan, nanging nèk kothong, têgêse ora sapira kawruhe, kuwi sing akèh nèk omong nyas-nyus anggêr mêtu bae.

[Grafik]

Petruk : Mêngko dhisik, Ma, aku tak nyêlani, mungguh pangandikamu kuwi aku cocog bangêt, ewadene aku iya mêksa rada ambênêrake Si Garèng, anggone muna-muni mau, sanadyan mung sanyus-nyuse bae, iya ana apike, awit pikirane: nèk nang kumpulan gêdhe kok tansah ongab-angob bae, ora ana rêmbuge apa-apa, suwe-suwene lungguhe ana ing kono kuwi rak diarani pupuk bawang bae. Mara, Ma, pikirên, apik êndi karo kalakuwaning wong kang mêngkene kiye upamane: nèk nyang kumpulan gêdhe amêm, arang bangêt anggone cuwat-cuwit, nanging nèk ana ing jabaning kumpulan, kumlungkunge kaya bisa-bisaa mutung wêsi gligèn, kaya ta maca kalawarti basa Jawa, banjur muni mêngkene: isine saya suwe saya mundur, têmbunge Jawa ala bangêt, lan rupa-rupa manèh.

Sêmar : Yah, kathik kok pindhakake wong liya barang, kabèh kaanan sing kaya mangkono kuwi rak wis tinêmu ana titike Si Garèng kabèh, tumraping ukuring dêdêg rada kurang, wis mêsthi bae kurange mau iya numusi mênyang kuranging ombèr mungguh wêwatêkane. Nanging kapriye ta, kang kaya ngono kuwi wong wis jênêng lumrah, sok lali ngukur awake dhewe, kilane sok kanggo ngilani wong liya, dene panganggêpe sajagad ora ana sing madhani. Kaya ta anggone ngala-ala alaning têtêmbungan Jawa ing koran mau, apa manèh isine, kuwi rak mung arêp nuduhake nèk pintêr nyang têmbung Jawa, lan saupama dadia tukang ngêtokake layang kabar, iya mêngku karêp arêp [a...]

--- 1650 ---

[...rêp] gawe reklame layang kabare mau. Lan mungguhing wong kuwi, dumèh dialêm bojone bagus lan pintêr, rumasane ya anggêr wong ngalêm mangkono, lho, aja ngono. Wis, wis, samene bae dhisik, liya dina padha dibanjurake.

(Badhe kasambêtan)

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

Wontên pawartos bilih P.S.I ing Sèlèbês dipun obrak-abrik ing pulisi, griyaning para warga pangrèh sami dipun galedhahi, punapa malih buku-bukunipun, sami dipun rampas.

Kacariyos ing Sêmarang wontên tiyang siti dipun pursès pêrbal, jalaran kalêpatan nalika ingkang èstri gadhah anak botên lapur dhatêng amtênar burgêlêkên sêtan.

Wiwit sapunika ing karaton Ngayogya gladhi ringgit tiyang lampahan Jaya Pusaka, bokmanawi prêlu badhe kagêm pasamuan benjing kramean ing karaton.

Krajan dhistrik Prambanan, Ngayogya, sapunika dipun pindhah wontên ing Kalasan, tuwin krajan dhistrik ing Tanjungtirta, Kitha Agêng, kapindhah dhatêng Bêrbah.

Tuwan Dr. K.A.R. Bosscha up administratur kabudidayan Malabar, Priyangan, ingkang asmanipun misuwur, ing tanggal 26 wulan punika wanci dalu, tilar donya, jalaran sakit bêrurtê. Tuwan wau yuswa 63 taun.

Akuntan gupêrmèn mêntas nindakakên papriksan ing gêmintê Banjarmasin, ing ngriku nyumêrêpi wontên salingkuh prakawis arta f 23.000.- wontên klèrêk kêkalih ingkang kenging pandakwa, nama Sihin tuwin Cohen.

Ing wêkdal punika lèpèn Winanga Ngayogya, dados padusanipun tiyang ngantos ewon-ewon, jalaran saking wêcanipun aoliya ing Ngayogya, nama Radèn Mas Prawirya Purba, sintên ingkang badhe kalis ing sêsakit, supados sami adus mriku. Ujar gugon-tuhon ingkang kados makatên punika lajêng dipun gêga ing tiyang kathah.

Mis Ribut gadhah sêdya badhe anggadhahi griya pakumidhèn piyambak, ingkang ugi kenging kangge mitongtonakên gambar idhup. Ing sapunika sawêg ngrêmbag amelikakên pêrsil nomêr 38 ing Molênplit wetan Batawi, tuwin kathah pangajêng-ajêngipun sagêd kalampahan.

Ing bawah Cikarang mêntas wontên balêdhèg nyambêr maesa têtiga sami pêjah, tuwin têtanêman punapadene wit kalapa sami risak.

Ing halte Sukarêja, Surabaya, wontên sêpur barang-barang tumbukan, wontên grêbong 9 ingkang mlèsèd saking ril, tuwin wontên tukang rèm kêkalih nandhang tatu rêkaos. Ing wêkdal punika lajêng gêlakan nyambutdamêl dalu, enjingipun sampun kenging kangge langkung malih kados adat.

Wontên pawartos, Tuwan E. Gobee parampara prakawis tiyang siti badhe dhatêng Judah, saha salajêngipun dhatêng nagari Walandi.

Ing pabrik Bêndharêja, tanah wetan, mêntas wontên angin agêng mawa jawah dêrês, kathah wit-witan ingkang ambruk tuwin griya-griya kathah ingkang rêbah.

Pangarsa rêpat kawula suka pariksa dhatêng parêpatan, ing bab anggènipun kagungan sêdya badhe kèndêl benjing ing wulan Januari 1929, sanadyan sêdya wau dèrèng tamtu, nanging supados ing sadèrèngipun parêpatan sagêd nyalonakên ingkang dados gêgêntos. Dene ingkang karancangakên ing sapunika wontên tiga, inggih punika: Mr. F.J.H. Cowan, J.W. Meyer Ranneft tuwin Mr. A. Meyroos.

Sawênèhipun bôngsa Tiyonghwa nama Si Lang Cai, ing Têluk Bêtung, damêlanipun ambêbêdhag, nuju satunggiling dintên manggih kodhok ingkang anèh wontên ing gunung Bêtung. Kodhok wau agêngipun sabathok, gêgêripun atos kados thothok kura, ing sirahipun mawi sungu, makatên ugi ing irungipun inggih mawi sungu, panjangipun sami ngalih sènti mètêr. Sapriki kewan wau dipun ingah gêsang.

Ing sacêlakipun dhusun Mirit, bawah Kêbumèn, wontên sawênèhipun tiyang dipun saut ing ulam cucut saha dipun sèrèd dhatêng salêbêting toya. Tiyang wau dhatêngipun ing ngriku prêlu pados ulam wontên sapinggiring sagantên. Lêlampahan ingkang kados makatên punika, tumrapipun ing ngriku sampun pinanggih wongsal-wangsul. Saking cariyosipun têtiyang ing ngriku, kêrêp wontên ulam cucut nungsung ing lèpèn Kêceme, prêlu pados mangsan, nanging sarêng ing sagantên kidul mêntas wontên tiyang pados ulam sagêd angsal ulam cucut kêkalih, lajêng botên katingal malih.

--- 1651 ---

Wontên pawartos, ingkang angsal pamênang lotre f 25.000 ingkang mêntas kagêbag punika Tuwan Ku Kiyang Ciyong ing Lêbakwangi.

[Grafik]

Para maos kados sampun sami mirêng ing bab kawontênaning sêrat pos gêgana ingkang sampun tumindak ing sapunika, mênggah wujuding prangkonipun kados gambar sasisih punika.

Dèrèng dangu murid-murid kêlasangsalkêlas gangsal. ing pamulangan ôngka kalih ing Ngutêran, Madiun, sami botên sêkolah, sarêng dipun priksa, sami gadhah atur, jalaran sami giris dhatêng gurunipun cêngkiling.

Wontên up opsir kêkalih anindakakên papriksa ing bab kêkirangan arta agêng ing apdhèling buk odhêng ing topograpisên dhinês ing Batawi.

Benjing wiwitaning wulan Januari ngajêng punika, wontên sawatawis golongan tiyang numpak motor ing Batawi badhe dhatêng Surabaya, wongsal-wangsul, kintên-kintên ugi kathah sanès-sanèsipun malih ingkang badhe tumut.

Sampun sawatawis dintên punika, lampahing sêpur èlèktris sampun katindakakên dumugi Pasar Minggu, ing sabên dintên lumpahlampah. 6 rambahan. Dene ingkang dhatêng Bogor, kintên-kintên badhe tumindak wontên ing wulan Nopèmbêr taun ngajêng.

Wontên pawartos, benjing taun ngajêng punika para wadana ing Jawi Kilèn sami badhe angsal gadhuhan motor porêt saking pamarentah, prêlu kangge tumpakan manawi nindakakên wajib.

Opsihtêr van Alpen ing pakunjaran Padhang, dipun têmpuh ing tiyang ukuman ngangge dêdamêl pangot, namung nandhang tatu sakêdhik, dene sababipun tiyang ukuman wau mêntas dipun ungêl-ungêli awon.

Pulisi mêntas nyêpêng tiyang siti ing Tanggung, dhistrik Sukanagara, Cibêbêr, tiyang wau kadakwa ngracun tiyang ngantos dumugi ngajal. Miturut pangakênipun piyambak, tiyang wau padamêlanipun pancèn makatên, inggih punika sarana nglêbêtakên têtêdhan awarni jênang dipun wori gêgodhongan tuwin wisaning ulêr wulu, sintên ingkang nêdha têtêdhan wau tamtu tiwas. Tiyang wau sampun nate adamêl tiwasing tiyang kawan wêlas, inggih sarana patrap makatên punika. Dene misuwuring ngakathah, tiyang wau dipun wastani juru têluh.

Badhe unduripun Ir. Han Tiauw Tjong saking rêpat kawula, saking golonging rêmbagipun bôngsa Arab, badhe gadhah atur dhatêng pamarentah supados dipun têtêpi bôngsa Arab ing Indhonesiah. Makatên ugi warga propensi yalên rad ing Jawi Kilèn, tuwan Sayid Ismail Alatas, ingkang badhe dhatêng Jedah, lowonganipun ugi kaisènana bôngsa Arab.

Dumugi wêkasaning wulan Oktobêr, cacahipun têtiyang ing Bandhung wontên 149.243 jiwa, inggih punika: bôngsa Eropah 17.421, bôngsa Tiyonghwa 14.369 tuwin tiyang siti 117.453.

Wontên pawartos, pakaryan S.S. badhe gêgayutan kalihan matsêkape partikêlir, inggih punika anglampahakên oto bis ing margi Sukabumi, Plabuhanratu, Cisalak, lan Sukabumi, Bojongloyang wongsal-wangsul. Bilih botên wontên pambêngan badhe dipun wiwiti wontên ing wulan Januari ngajêng. Prabeyaning lampah badhe langkung mirah tinimbang oto bis partikêlir.

Ing bawah Jampang Kidul, Sukabumi, wontên sêsakit ingkang mawi titik kados sêsakit roodvonk, ingkang katrajang sêsakit wau administratir, lajêng kabêkta dhatêng ing griya sakit gêmintê ing Sukabumi.

Wangsulan saking Rêdhaksi

Lêngganan nomêr 186. Panjurung panjênêngan waratama botên kapacak, bab makatên punika sampun kêkathahên.

Tuwan K. ing Gêtasan. Prayogi ngarang sanèsipun kemawon.

R. Sasra Asmara, ing Kartasura. Pêthikan sêrat Apabaya botên kapacak, kauningana.

Lêngganan nomêr 2732, ing Sudimara. Hapêrmut punika inggih Quaker Oats, kados ingkang sabên-sabên, adpêrtènsinipun kapacak ing Kajawèn, toko-toko ing kitha kathah ingkang sade.

Wangsulan saking Administrasi

Lêngganan nomêr 3665 ing Jêrukmanis. Lêngganan kapetang awit (1/11-'28=16 dumugi 31 Oktobêr gratis).

Lêngganan nomêr 1983 ing Kêrtawana. Pos wisêl f 1.50 sampun katampi = ingkang f 1.- tumrap wulan Januari lan Pebruari 1929.

Lêngganan nomêr 2799 ing Têmpuran | Lêngganan nomêr 2634 ing Natadiningratan | Lêngganan nomêr 2573 ing Jêpunwèh | Lêngganan nomêr 2289 ing Gênitri Kidul | Lêngganan nomêr 2911 ing Donggalah | Lêngganan nomêr 2735 ing Susukan | Lêngganan nomêr 3016 ing Karanganyar. Botên kenging, sampun andadosakên cuwaning panggalih. } Kajawèn nomêr 88 saha 89 sampun têlas, botên sagêd ngaturi.

--- 1652 ---

Wêwaosan

Paningal.

Karanganipun Sang Rabindranath Tagore, Kajawèkakên dening Redhaksi Kajawèn.

7

Wicantênipun Kuma: Lêpat kula punapa, lan ing bab punapa kêkirangan kula. Kula aturi ngandika ing salêrêsipun, punapaa dene panjênêngan badhe krama tiyang sanès.

Lakinipun wicantên alon makatên: Aku tak kôndha satêmêne, aku iki wêdi nyang kowe, awit wutamu kuwi kang ngurung awakmu ana ing kêkêran, kang anjalari aku ora bisa nyakêti. Tumraping aku, kowe kuwi tak anggêp dudu wong wadon lumrah, kowe kuwi mêdèni kayadene pangeran pêpundhènku. Uripku padinane ora bisa nunggal karo kowe. Karêpku mênyang wong wadon lumrah bae, kang tanpa pakewuh, bisa tak pênggak, tak rêrapih, tak eman-eman utawa tak sênèni.

Kuma awicantên: O, mugi panjênêngan bêthot manah kula lan kapriksanana, punapa kula beda kalihan tiyang èstri limrah. Kula inggih lare èstri kala rumiyin, nalikanipun mêntas semah, satunggiling lare èstri ingkang kêpengin anglampahi ingkang dados idham-idhamanipun inggih punika: murih sagêdipun ngandêl, pitados lan lêlados.

Kala punika Kuma botên èngêt lêrês dhatêng têmbung-têmbungipun ingkang dipun lairakên, dene ingkang dipun èngêti namung kala wicantên makatên: bilih kula nama tiyang èstri ingkang sêtya sayêktos, Pangeran ingkang nguningani, panjênêngan ing salami-laminipun badhe botên nindakakên tindak ingkang cêngkah kalihan karsaning Pangeran punika, tuwin salami-laminipun panjênêngan botên badhe nêrak sumpah panjênêngan piyambak. Sadèrèngipun panjênêngan anrajang tindak ingkang suci wau, kula têmtu dados rôndha, utawi Emanggini têmtu pêjah.

Sasampunipun Kuma lajêng sumaput dhawah ing siti. Sarêng èngêt malih, kala punika taksih pêtêng, swaraning pêksi sadaya sami kèndêl, lan lakinipun kesah.

Sadintên muput, Kuma tansah sêmbayang wontên ing panêpèn salêbêting griyanipun piyambak, sontênipun lajêng wontên prahara agêng, mawi gludhug saha gêlap ngampar-ampar, jawahipun kados dipun sokakên, ngantos kados angorêg-orêgna siti. Kalanipun Kuma sêmbayang wontên papan panêpèn wau, botên kok nênuwun murih lakinipun linuwarana saking salêbêting prahara wau, sanadyan kala punika lakinipun wontên ing salêbêting bêbaya ing lèpèn. Dene ingkang kasuwun, sanadyan wontêna punapa kemawon, murih lakinipun tinêbihna saking dosa ingkang agêng punika. Salajêngipun ing dalu wau botên kacariyos, enjingipun sadintên muput, Kuma botên mêdal saking papan panêpèn, sarêng sontênipun, wontên swara rame ngogrèg-ogrèg tuwin thothok-thothok kori, sarêng korinipun kabêjat, ing ngriku Kuma pinanggih gumlethak ing siti, saha Kuma lajêng dipun bêkta dhatêng kamaripun piyambak.

Dangu-dangu Kuma èngêt malih, ing kupingipun mirêng wontên tiyang bisik-bisik: bakyu.

Ing ngriku Kuma ngraos tilêman ing pangkoning Emanggini wontên ing kamaripun piyambak. Sarêng Kuma ngebahakên sirahipun, Kuma mirêng swaraning panganggenipun Emanggini krêsêk-krêsêk, saha punika cêtha manawi panganggening pangantèn.

Ingkang punika Kuma lajêng nguda raos makatên: Dhuh, Gusti Pangeran kawula, panuwun kawula têka botên kadumugèn, laki kawula kalimput sayêktos.

Emanggini andhingklukakên rainipun dhatêng Kuma, sarta bisik-bisik kanthi manis makatên: Bak ayu, sowan kula mriki prêlu nyuwun brêkah anggèn kula badhe imah-imah.

Ing sakawit, Kuma mirêng têtêmbungan makatên punika, raosing badanipun kados kajêng garing sinambêr ing blêdhèg, salajêngipun lajêng andêngèngèk, mêksa wicantên kanthi rêkaos, makatên wicantênipun: punapaa kula botên suka brêkah dhatêng sampeyan, sampeyan rak botên anglampahi piawon punapa-punapa.

Emanggini lajêng gumujêng, gujêngipun asêmu bingah, wicantênipun: piawon, kalanipun bak ayu krama, punika sae, punapaa sarêng kula ingkang laki, panjênêngan mastani wontên piawon.

Kuma nyobi mèsêm, minôngka wangsulan gujêngipun Emanggini wau, ing batos piyambakipun nguda raos makatên: Panuwunku marang Pangeran, iku dudu pungkasaning barang-barang ing donya kene, apa sakarsaning Pangeran, dadi, apa siksane, bèn tumiba ing awakku, ananging kabèh mau aja nganti ngrusak piandêl lan pracayaku mênyang Pangeran.

(Badhe kasambêtan).

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 98, 24 Jumadilakir Taun Alip 1859, 8 Dhesèmbêr 1928, Taun III.

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1669] ---

Ôngka 98, 24 Jumadilakir Taun Alip 1859, 8 Dhesèmbêr 1928, Taun III.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Indhocina

[Grafik]

Ing Kajawèn nomêr 95 sampun anyariyosakên mênggah kawontênanipun kampung Tiyonghwa ing Tonkin. Dene gambar nginggil punika amratelakakên lawang ingkang lumêbêt dhatêng kampung Duong Lieu.

--- 1670 ---

Raos Jawi

Bab panggêsanganing tiyang

Para maos tamtu sampun wuninga bilih wêkdal punika kathah tiyang ingkang rumaos kangelan anggènipun ngupados sandhang têdha, sarta botên gampil ngudi cêkaping kabêtahan sanèsipun. Sawênèh wontên tiyang ingkang ngrêsula mungêl makatên: cilaka-cilakaning tiyang punika manawi botên gadhah arta, sangsara-sangsaraning tiyang punika bilih nganggur botên nyambut damêl, susahipun susah punika tiyang yèn bodho botên gadhah kasagêdan. Amargi saking punika andadosakên ngêrêsing manah, môngka sadhengah bapa biyung pangudangipun dhatêng anak ing dalêm batos makatên: anakku pintêr nyambut gawe sugih dhuwit, nanging kadospundi salajêngipun, awis kadumugèn, mênggahing pangudaraos ambokmanawi wontênipun tiyang manggih bêbaya têtiga wau amargi botên purun nandukakên dêdamêlipun pusaka ingkang ampuh, inggih punika santosaning manah, ingkang timbang kalihan kêkiyataning sarira. Dêdamêl manah manawi dipun obat-abitakên sagêd pêcah awarni-warni, kados ta: 1. Osik = grênjêting manah, 2. Cipta = siring manah, 3. Karêp = kapengining manah, 4. Pikir = panimbanging manah, 5. Budi = ulahing manah, 6. Anggit = panggubahing manah, 7. Gagasan = pangathik-athiking manah, 8. Èngêt = padhanging manah, 9. Supe = pêtênging manah, 10. Ngrêtos = tumampining manah, 11. Gathèkan = landhêping manah, 12. Samar = kêthuling manah, 13. Susah = ribêding manah, 14. Bingah = bombonging manah, 15. Gandrung = sêngsêming manah, 16. Moyar = risaking manah, 17. Têntrêm = jênjêming manah, sarta sapanunggilanipun. Sarèhning baku ugêr-ugêripun wontên manah ngômbra-ambranipun wontên kêkajêngan (karêp) dados inggih kêdah rumêksa kêkajênganipun ingkang santosa, dene pangrêksanipun botên liya saking pamikiripun piyambak. Pathokaning pamikir mêndhêt saking kawontênaning agêsang, awit kêdah nêdha amrih kuwagang, kêdah nyandhang amrih aji, kêdah saras amrih ganggas, kêdah tumandang amrih pikantuk, kêdah ngaso tilêm amrih sakeca, nanging sagêdipun tumindak kêdah dipun tuntuni saking ingkang mêngku, kapardi ajêg tuwin atul, sampun ngantos dipun sarêngi kêkajêngan sanèsipun. Ingkang baku piyambak punika namung ngudi têdha, sanadyan kabêtahan langkung kathah taksih kawon kalihan pados têdha, amargi samôngsa sampun karaos luwe lajêng ambibrahakên tatacara, sabab botên kenging dipun lintoni sanèsipun, saya dangu rupak budinipun, manawi sampun anglêntere tekadipun agêng, sanadyan wontêna lêlampahan ingkang ambêbayani mêksa katrajang purun, sagêdipun mêndha bilih sampun dipun sukani têdha, nanging sintên ingkang nyukani têdha, sintên ingkang ngrêksa kasarasanipun, sintên ingkang nyukani sandhang pangangge, sintên ingkang nyukani padamêlan, sintên ingkang nyukani prênahing pangaso, kajawi badanipun piyambak, sarana nandukakên [nandukakê...]

--- 1671 ---

[...n] kêkajêngan ingkang kasaring dening pamikir, pundi ingkang mêmpan kangge anggayuh kabêtahaning agêsang, sadintên-dintên kêdah emut sagêda ombèr tumindakipun, mênggah tiyang lumampah sapunika ambabadi rungkut-rungkut ingkang wontên margi, dados sagêd tata sakeca tindakipun, botên rêsah tuwin botên tumpangsuh, awit gêsangipun taksih sawatawis môngsa. Mila kêkajêngan sampun akanthi pamikir, nyalangi utawi rumêksa lêlampahan ingkang badhe kalampahan, mangke gadhah kajêng punapa, benjing-enjing gadhah kajêng punapa, salajêngipun wiwit ambabar dumugi bibar, punika kêdah dipun sadhiyani sarana ingkang kenging kangge tumindak, dene sarana ingkang prigêl piyambak botên wontên malih-malih kajawi namung arta, mila prayogi sangêt ngaturakên pamikir kêkajêngan ingkang badhe dipun lampahi sawanci-wanci supados ing têmbe botên kalêpatan utawi botên kainan, sampun ngantos gêtun kaduwung. Wasana ambokmanawi wontên kalêpatan kula nyuwun gunging pangaksama.

Adipêrwata, Ngêmplak.

Bab Têtanêman

Kobis

Mênggah yêktosipun tanêman kobis makatên gampil èwêd, èwêdipun yèn kirang talatos, awit adhakan sangêt kambah ama ulêrên, dene gampilipun yèn hawa sampun cocog tumrap tanêman wau, gêsangipun sagêd angrêbda nyênêngakên. Sanajana kula dede tiyang ahli nanêm sayuran, nanging mêksa sumagêd ngandharakên bab punika, namung ngangge wêwaton ingkang sampun katindakakên dening têtiyang tani ing padunungan kula makatên:

Langkung rumiyin adamêla papan pangipukan, mawi dipunlêmèni samurwatipun, sitinipun kêdah alus sarta mawug, lajêng dipun sêbari wiji kobis (kangge ing padunungan kula sanajan wiji saking nagari Walandi malah saya sae). Pangipukan wau mawi dipun yom-yomi klaras, ing pamurih supados botên kêsangêtên kenging bêntèr, enjing sontên dipun sirami, manawi sampun thukul, klaras wau kenging dipun long-longi saking sakêdhik, prêlunipun anglêlantih bibit ingkang nêmbe thukul dhatêng soroting surya, dangu-dangu kabucal babarpisan. Têrangipun bab angipuk punika mriksanana bab sayuran (andhewi) ingkang sampun kawrat ing Kajawèn nomêr 13 wulan Pèbruari 1928, pratikêlipun botên prabeda. Yèn bibit inggilipun sampun watawis 10-15 c.M. kenging kaputêr dhatêng têgil ingkang sampun kasadhiyakakên badhe katanêman.

Pangolahing pasitèn ingkang badhe dipun tanêmi kêdah dhayung saèstu, tumrap pasitèn tanah ngare kêdah mawi lêmèn, nanging rèhning ingkang kula cariyosakên [cari...]

--- 1672 ---

[...yosakên] punika kawontênan ing tanah parêdèn babadan enggal ingkang taksih kandêl lêmènipun, saha tanah wau gêmbrung sangêt, mila sasampuning dhayung namung lajêng kagula-gula, sabên wiyaripun 4 kaki kasukanan kalenan nyatunggal, prêlunipun siti sagêd tuntas, sarta malih murih kenging kangge margining tiyang ngrimati tanêmanipun. Awit kêrêping pananêm 2 kaki pasagi, dados ing dalêm siti sabau cêkap katanêman kobis 3000 wit. Katarik sipat kêncêng, kajawi murih gampiling pangrimat, benjing yèn sampun tuwuh nyênêngakên ing pasawangan, tur anggampilakên pangetang.

[Grafik]

Kobis ingkang sampun dipun sade wontên ing pêkên.

Kêbon kobis salaminipiun kêdah botên kenging garing sitinipun margi kirang toya, nanging ugi kajagia sampun ngantos bacêkên jalaran kaduk toya. Sabên-sabên kêdah kawatun awongsal-wangsul ngantos salami-laminipun tansah katingal rêsik botên katuwuhan rumput, awit rumput punika pangrêbating zad ingkang minôngka têdhaning têtanêman. Ing wanci enjing godhongipun tansah kapetanana kanthi talatos, ulêr alit-alit sarta bôngsa kêpik gêgrêmêt ingkang sami manggèn umpêtan ing ngriku kasirnakna, awit inggih punika pangrisaking tanêman kobis, yèn kirang talatos anggèning tumindak makatên wau, masthi ing têmbe badhe nêmahi kapitunan, amargi kobisipun awon pating kruwis gripis sarta pating carumplêng bolong-bolong, satêmah pêpajênganipun botên sapintêna.

Watawis umur 4 wulan, kobis wau sampun anjêbobog agêng muwêr, gagang dalah godhong inggilipun racak 40 dumugi 50 c.M. Godhong ingkang bagian jawi têpung dhatêng têtangganipun, [têtangganipu...]

--- 1673 ---

[...n,] dene godhong nglêbêt, tlakup-tumalakup rapêt sangêt, kêmpal dados satunggal tur bundêr, punika dipun wastani nigan, tigan wau yèn kalêrêsan wontên ingkang sagênuk, sampun tamtu kemawon pêpajênganipun awis, langkung-langkung yèn kobis wêdalan ing Ranupani ing sacêlaking talaga (parêdèn Sêmèru) wontên ingkang sagêd pajêng f 2.50 satunggal iji kabêkta saking agêngipun, tanêmanipun sawênèhing Walandi, yasanipun Dhepartêmèn van Lanbao golongan sayur-sayuran.

Yèn tiyang tani tanêmanipun kobis sampun katingal nigan makatên, ing manah kantun ayêmipun, nuju ing wanci sontên nuwèni kêbonipun sinambi ura-ura, rêngêng-rêngêng, ah têka pantês tur mathuk, awit namung kantun ngêntosi yatra, dene panyadenipun adêgan wontên ing têgil, botên susah ngrêkaos ngusungi dhatêng pêkên, jalaran bakul sayuran sampun sami andhatêngi piyambak. Manawi tanêmanipun nyata sae, ing dalêm sabau angsal-angsalanipun botên kirang saking 150 dumugi 200 rupiyah. Pêpajêngan samantên wau sanajan kasuda pitumbasing bibit, lêmèn sarta wragad bêrahaning kuli metani ama, taksih nama lumayan.

Kajawi saking punika, mirid suraosipun sêrat bab nênanêm ing pakêbonan: nêrangakên bilih kobis sabrang katanêm ing tanah Jawi awis-awis ingkang purun nigan, nanging ingkang sampun kayêktosan ing padunungan kula têka marojol, buktinipun ingkang kula andharakên ing nginggil wau, punika ugi bibit kobis ingkang wijinipun asli saking sabrang, yèn botên lêpat kawastanan Savoyekool.

Sagêd ugi botên nigan, yèn bibitipun siwilan. Ing Tênggêran ugi wontên sawatawis tiyang nanêm siwilan, inggih punika bibitipun mêndhêt saking trubusing wit kobis, kairis katut bêdhegolipun (sêpatu) lajêng kadhêdhêr, yèn sampun gêsang kaputêr, punika kawastanan kobis sêmèn, awis sangêt ingkang nigan, pramila lampah makatên kados kirang mikantuki.

Sintên ingkang nêdya ngayati, murih botên kapitunan, amriksanana sêrat bab sayuran ingkang sampun kawêdalakên dening Bale Pustaka.

Nirasa

Waosan Lare

Bocah kêmbar

VI.

Manuk êmas dibêlèh

[Kinanthi]

kocap Ki Kêmasan mau / ing saungkure Si Miskin / ora kêndhat tansah gagas / mênyang kabêgjane Miskin / nêmu êmas sabên dina / yèn ngrêti ya mêsthi sugih //

wise ngono manuk mau / iya banjur dikurungi / nanging ora kêna pisah / rina wêngi mung disandhing / mung jalaran saka samar / yèn nganti ana wong melik //

bojone ya milu gumun / manuk athik êmas nêkik/ [nêki...]

--- 1674 ---

[...k/] mung samôngsa arêp nyêdhak / sing lanang banjur nyrêngêni / kuwatir yèn gawe giras / lan yèn ucul rak niwasi //

yèn ing bêngi manuk mau / turune tansah disandhing / yèn nuju kêsorot diyan / pancoronge balêrêngi / mula mung tansah dijaga / lali mênyang rasa arip //

suwe-suwe malah kuru / Ki Kêmasan mênggrik-mênggrik / saka kabotên rêrêksan / kang gawe samaring ati / nanging iya ora mokal / sapa sing ora kuwatir //

awit wulune sakojur / padha êmas kincling-kincling / yèn ana salêmbar tiba / suwarane nganti mak cring / dadi nadyan mung bodholan / uga tansah dadi ati //

dadi sing mangkono mau / lumrah kêna diarani / Ki Kêmasan nêmu siksa / diukum ing rina wêngi / kêpêksa tansah anjaga / sujanane saya dadi //

mung ing ati rada bingung / karo samar sênik-sênik / awit manuk êmoh mangan / mung nyêkêkrêk kaya sêdhih / dipakani apa-apa / iya êmoh anucuki //

kocap nuju wayah esuk / Ki Kêmasan wis nunggoni / lan angliling karo nyawang / apa ta sing anjalari / dene manuk duwe susah / kaya lumrahing wong urip //

tliti gone nyawang mau / wusanane amrangguli / ing wulu prênah ing dhadha / ana tulisane cilik / nanging yèn diwaca cêtha / tulise mangkene muni //

sapa sing mangan atiku / sabên tangi turu mêsthi / sangisoring githok ana / êmase gêdhe rong bithi / ing kono grêg sanalika / Ki Kêmasan sênik-sênik //

lan diwaca manèh tutug / ajêg ya mangkono muni / Ki Kêmasan banjur kôndha / dhêdhewekan andrêmimil / rong bithi ora sêmbrana / sugihku rak angluwihi //

bakal ngêsorake ratu / la ya wong mas kok rong bithi / bok sajagad ora ana / wong sing sugih angungkuli / hêm thik samene wong bêgja / besuk masku tak kok ngêndi //

manuke banjur dijupuk / digawa nyang omah buri / anggone mlaku colongan / ngulatake ngarêp buri / anggolèki Bok Kêmasan / barêng kêtêmu dijawil //

st renea ta êmbokmu / kowe arêp tak kandhani / êndi thole loro pisan / sing wedok banjur nyauri / yake padha lagi dolan / êmbuh mau mênyang ngêndi //

wis ta mênênga tak tutur / bêlèhên ya manuk iki / kêpenginku kaya nyidham / ayake iwake gurih / mêngko olahên sing enak / panggangên nganggo kêmiri //

sing wedok banjur sumaur / anèh têmên kowe kuwi / uwong ana manuk êmas / athik arêp disunati / dene kaya kurang iwak / rak ya enak iwak pitik //

sing lanang ketok mêrêngut / karo nêsu nanging lirih / êmung bisik-bisik samar / nanging unine cumlêkit / bok uwis ta turutana / mêngko mundhak tak têmpiling //

sing wedok nolèh mêcucu / isih ngêmut susur gêdhi / wong yèn duwe karêp ayah / ora kêna dikandhani / nganggo lombok apa ora / mêngko banjur muring-muring //

sing lanang guyu ngêcêmut / ya kokana ta sathithik / nanging bokne poma-poma / wulune lho aja cicir / kabèh padha klumpukêna / uwis ya sing ngati-ati //

e la êmèh lali aku / bokne ati aja kèri / sundukana sujèn sisan / uwis ya aku tak bali / sing wadon nyauri iya / rada

--- 1675 ---

galur lan idu crit //

karêpe sing lanang mau / supayane aja nganti / karêpane kêwêruhan / mula bangêt digo wadi / aja manèh sing wong liya / wêruha karêpe kuwi //

sadhela-sadhela nginguk / mênyang buri aniliki / sing wedok nganti anyêntak / tobat pijêr aniliki / bok disrantèkke geneya / atine lèhe kuwatir //

sing lanang nuli calathu / wis ta ya sing ngati-ati / aku tak turu sadhela / mêngko cêpakna rak uwis / satangiku arêp mangan / nanging bakarên sing garing //

Ki Kêmasan nuli turu / kanggo nyalamur ngêntèni / kocapa Êmbok Kêmasan / banjur wiwit dadèk gêni / anèng anglo kanggo manggang / iwake sing dibumboni //

swarane kumrinyis bal-bul / kukuse mulêk ngratani / mambu bablas mrana-mrana / dhèk samana ambarêngi / bocah barêng padha têka / saka gone dolan mulih //

bocah loro padha lungguh / pijêr nyawang kêthap-kêthip / êmbokne kêtungkul manggang / maripate kriyap-kriyip / karo angêdohi mawa / sing kumutug malêpêgi //

wise suwe aruh-aruh / mangan apa kowe kuwi / cah loro padha ting krêcap / anak sing siji nyauri / mangan iwak ati panggang / tak pangan saparo edhing //

bokne clathu karo guyu / sapa mau sing nguwèhi / calathune Bok Kêmasan / karo andamoni gêni / anake banjur akôndha / karo kêcap-kêcap lirih //

anèng kene gonku nêmu / sandhing ing anglo gêmlindhing / bokne atine tumratab / panggang banjur ditiliki / nuli alok e dilalah / dadi ati manuk kuwi //

wis-wis mênênga bae gus / yèn bapakmu krungu mêsthi / kowe digêbugi padha / Bok Kêmasan gêlis-gêlis / ambêlèh pitik dadakan / mung prêlu anjupuk ati //

banjur diwor iwak manuk / kanggo angijoli ati / sing dipangan bocah-bocah / wise matêng dikok piring / mung bokne tansah tab-taban / kuwatir yèn disrêngêni //

ora suwe nuli krungu / sing lanang sêru nakoni / bokne rak uwis matêng ta / sing wedok nyauri uwis / Ki Kêmasan nuli kôndha / kene arêp tak thithili //

wise ditampani banjur / atine diling-ilingi / karo muni: wah kok nyata / atine manuk le gêdhi / padha lan ati pitik ya / sing wadon mung kêthip-kêthip //

panggang wis dipangan rampung / sing lanang marêm ing ati / mung kari ngêntèni bêgja / barêng mapan turu bêngi / ing pangrasane prasasat / mangan pocung angêndêmi //

Jagading Wanita

Sêrat Warakênya.

[Sinom]

Rarase dènnya mangripta / Jayèngtoya waeladi / sukèng tyas arjaning driya / tangèh yèn mantêp ing budi / trima wonnya saksêrik / nêngênkên ing pamuja yu / pamrih ja na sulaya / warata rantas tyas drêngki / barès tutur rahayu lir raywa mudha //

dènira mèt wasitarja / têtuladan duk ing nguni / ajuning para wanita / nora mung jaman saiki / ing jaman nguni-uni/ [ngu...]

--- 1676 ---

[...ni-uni/] uga wus ingaran maju / nadyan klêbu bêbasan / bêbasane satus siji / kawignyane misuwur ing tri bawana //

jamane ingkang kacrita / iku Dèwi Rukmawati / atmajèng Hyang Ôntaboga / sanadyan wijiling èstri / parandene marsudi / ngilmu kasampurnan putus / kocap Pustakadarya / anggêlarkên kawruh nênitis /Lebih satu suku kata: anggêlarkên kawruh nitis. nêtês natas patitis nora kuciwa //

yayah lir para jawata / tan wani misesa sami / amung asih lawan trêsna / emane mijil pawèstri / nyata putri linuwih / wani lara praptèng lampus / nuhoni trah utama / mantêp pamêsuning budi / budi mulya dadi sasêdyaning sêdya //

[Grafik]

Dèwi Wara Srikandhi.

surasèng srat padhalangan / ran Dèwi Wara Srikandhi / atmajèng nata Cêmpala / ginarwa Radèn Pêrmadi / adining putri luwih / sêtyatuhu marang kakung / ngantêpi trah utama / umadêg dadi prajurit / nadyan wadon sudira ngluwihi priya //

arjane nagri Ngamarta / nadyan nagarane cilik / iyêk sayuk sabipraya / tekade dadi sawiji / samya nuhoni janji / mati siji barêng lampus / wurung urip priyôngga / marma dèwa suranadi / kabèh kasok asihe padha pandhawa //

tatag tan ngucirèng rana / sanadyan iku pawèstri / bisa amungkasi karya / akèh tuladane nguni / lir duk Ngamarta nagri / suwung kalêbonan pandung / Pustakawèni mindha / trahing pra pandhawa sami / pan kasoran dening putri ing Cêmpala //

manthêng ing tyas mêsubrata / nityasa gêntur têtèki / ya iku Radèn Subrata / umèngêt laksitèng nguni / mring Sang Suwilagiri / nulya ran Pêksi Gathayu / têtruka ing Jênggala / pêputra Dyah Kilisuci / yu linuwih nadyan wadon santosèng tyas //

tri bawana tanpa sama / dènnya madêg wiku putri / tansah dadya pitakonan / sagunging para narpati / kang lagya nandhang kingkin / antuk sikuning dewa gung / minta lêjaring driya / warsita pranawèng budi / ing satêmah asmane misuwur ing prang //

wontên malih têtuladan / wanita apandhe wêsi / Ni Sumbro ing wastanira / nadyan wadon amarsudi / ngantêpi pandhe wêsi / ing satêmah dadi êmpu / wignya traping pangolah / campur pamor lawan wêsi / dadi kêris nadyan cêkak wus utama //

nêngênkên wulanging priya / nuhoni tindak utami / wusana kaananira / misuwur praptèng samangkin / tansah pinundhi-pundhi / mring janma turun-tumurun / têkèng jaman-ajaman / asmane ngêbêki bumi / bisa sirna asmane barêng lan jagad //

ing mêngko ingkang kacrita / duk bêdhah Mataram nagri / dening prange Trunajaya / wanita wignya angringgit / kacarita ing nguni / Dhalang Anjangmas kêplayu / lanang wadon pisahan / kang wadon mangetan maring / Sukawati kanthi tutug tanah Malang //

patrape bisa andhalang / kaboyong marang Kadhiri / barêng konangan sang nata / Sultan Madurêtna nuli / yèn Nyi Anjangmas bangkit / ngilmu [ngi...]

--- 1677 ---

[...lmu] padhalangan putus / dhinawuhan marsita / mring pra dhalang purwa sami / lakon Bagong winurukkên nèg bangwetan //

jamane ing kuna-kuna / nadyan tan kaya saiki / ajune para wanita / angêbaki kalawarti/ nanging ing nguni-uni / uga wus ingaran maju / sathithik rada pêpak / kêna kinarya palupi / pêpiridan panggugah wênganing driya //

warata kuncaraning rat / bisa tulus anêtêpi / dipôngga tinggal asthika / sanadyan gajahe mati / gadhinge yêkti misih / kanggo dandanan pra manus / ya aran gadhing gajah / yèn sujanma tinggal nami / kang utama ngambar jêbakingêbaki. buwana //

ran janma nora utama / yèn mati tan tinggal nami / katut pinêtêk nèng kisma / tan tinggal labuhan bêcik / sayêkti nora aji / misih aji cèlèng bulus / sato kewan wonarga /wanarga. tur tan darbe ngakal budi / parandene patine atinggal aran //

babo para sutaningwang / dèn samya marsudèng budi / nulada laku utama / mamriha manggih basuki / pirangbara abangkit / mikat-mikut rèh rahayu / yuwana sasaminya / prasasate nora mati / kêna uga ingaran langgêng uripnya //

turnèh iku nora gampang / nanging yèn srêgêp marsudi / ora kok ngêplêki kuna / sathithik rada nitèni / talatèn ipil-ipil / kawignyane wuwuh-wuwuh / mawèh ayuning jiwa / yèku wus aran utami / bêja karya kasukan kang arja tata //§ Limrahipun utawi ingkang nama sandiasma, punika têgêsipun amasang nama wontên ing karangan, murih botên kasumêrêpan ing sanès, dening kaangge sandi, nanging wontênipun ing jaman sapunika botên nama sandi, malah dipun kêtingalakên ngalela. Bokmanawi raosing sandi jaman rumiyin kalihan sapunika sampun beda. Red.

Pak Jaya.

Bab Dêdagangan

Lampahing Dêdagangan Wowohan.

Sampun kêlimrah ing pundi-pundi, adi-adining dêdagangan ing pêkên, punika manawi tumrap têtêdhan inggih bangsaning wowohan. Manawi nuju kalamangsanipun awis, pundi wowohan ingkang wontênipun nyalandri inggih kathah rêginipun. Upaminipun dèrèng usum pêlêm, môngka ing pêkên sampun wontên pêlêm, punika rêginipun ngantos langkung saking mêsthi, mila tumrap tiyang ingkang ahli dagang wowohan, nyumêrêpi sangêt dhatêng lampahing wowohan ingkang sagêd pajêng kathah dipun sade wontên satunggaling nagari sanès, sarana andhatêngakên wowohan ingkang pancèn sanès asli wêdalan ing nagari ngriku, upaminipun kemawon ing Batawi, punika lôngka wontênipun pêlêm sae, ewadene manawi nuju kalamangsanipun usum pêlêm ing tanah Jawi Wetan, inggih punika nagari pêlêm, ing Batawi inggih sampun wontên, dene rêginipun sampun têmtu kemawon awis, ewadene inggih badhe botên bubruk, mêksa pajêng kemawon. Kosokwangsulipun

--- 1678 ---

wowohan ingkang wêdalan Batawi, kados ta rambutan, punika lampahipun ugi makatên, samôngsa ing Batawi nuju usum, ing nagari ingkang agêng-agêng sanèsipun inggih sampun wontên.

Amangsuli bab lampahing dêdagangan wowohan ingkang dhatêng sanès nagari, punika sajatosipun anênangi dhatêng kamajênganipun tiyang nênanêm, awit saupami botên sarana dipun sade dhatêng liya nagari makatên, tumraping nagari ingkang wêdaling wowohanipun kathah badhe tanpa aji, mila sarêng sampun wontên cara makatên, linta-lintuning dêdagangan wowohan wau lajêng dados pitulungan agêng sangêt.

[Grafik]

Patrap ngintunakên pêlêm dhatêng Eropah.

Saya sarêng sapunika sampun wontên rekadaya wêdaling wowohan ingkang ngantos dipun sade dhatêng tanah Eropah, punika saya ngajêngakên sangêt dhatêng pêpajênganing wowohan wêdalan ing Indhiya ngriki, dene ingkang sampun kêlampahan kasade dhatêng tanah Eropah: sawo manila, pêlêm, nôngka Walandi. Tumrap tiyang ingkang dèrèng mangrêtos, agêng-agênging panêpsiring rêginipun tamtu namung sairid kados wowohan ingkang kasade ing liya nagari ingkang nunggil ing Indhiya ngriki kemawon, dene mênggah yêktosipun beda sangêt. Mênggahing rêrêgèn para maos kados sagêd mindhakakên kados rêgining wowohan Eropah ingkang dipun sade wontên ing Indhiya ngriki, kados ta woh anggur, saêpun rêgi kalih wêlas kêthip, apêl satunggal rêgi satangsul, punika bokmanawi kenging kapiridakên kalihan rêgining dhuwêt ingkang wawratipun samantên, utawi rêgining pêlêm satunggal ing nagari pêlêm. Dados mênggahing rêrêgèn wau langkung saking kêrta ajinipun ing ngriki. Sayêktosipun tiyang sok ngantos kasupèn, tuwin botên angrumaosi awis, manawi tumbas anggur tuwin apêl ingkang rêginipun langkung saking murwat, awit botên purun nandhing kalihan rêrêgèning wowohan Indhiya ingkang raosipun irib-iriban kemawon.

Ingkang sumandhing punika mujudakên gambaripun wowohan ing Indhiya inggih punika pêlêm, kalanipun nuju ungsum, ing ngriku panyadening wowohan sagêd sumrambah dipun sade dhatêng jajahan sanès. Kawontênan ingkang kados makatên punika, mugi sagêda anênangi manahipun têtiyang siti ing ngriki, lan amanah sagêdipun sumêbar kados wowohan ing Eropah.

--- 1679 ---

Pawartos Wigatos

Pèngêt.

Murih saminipun kalihan pranatan ingkang sampun kangge ing sadonya, dhirèkturing lanbao sampun angundhangakên dhatêng para pangagênging pakaryan, ing dhepartêmèn lanbao, supados ing salajêngipun cêkakaning nama-namanipun timbangan lan ukuran saking metriekstelsel kasêrat mawi aksara Latin kemawon, kados ing sêtat ngandhap punika.

Ukuran lan timbangan kangge ing sadonya (internationaal), awêwaton metriekstelsel.

Namanipun ---- cêkakanipun ---- ajinipun

Ukuran panjang

kilomètêr ---- km ---- 1000 mètêr

hèktomètêr ---- hm ---- 100 mètêr

dhekamètêr ---- dam ---- 10 mètêr

mètêr ---- m ---- babon

dhèsimètêr ---- dm ---- 0,1 mètêr

sèntimètêr ---- cm ---- 0,01 mètêr

milimètêr ---- mm ---- 0,001 mètêr

mikron ---- µ ---- 0,000001 mètêr

ukuran jêmbar

kilomètêr pasagi ---- km² ---- 1000000 m²

hèkto arê ---- ha ---- 10000 m²

utawi hèktomètêr pasagi ---- hm² ---- 10000 m²

arê ---- a ---- 100 m²

utawi dhekamètêr pasagi ---- dam² ---- 100 m²

sènti arê ---- ca ---- 1 m²

utawi mètêr pasagi ---- m² ---- 1 m²

dhèsimètêr pasagi ---- dm² ---- 0,01 m²

sèntimètêr pasagi ---- cm² ---- 0,0001 m²

milimètêr pasagi ---- mm² ---- 0,000001 m²

Ukuran kubuk utawi isi

dhekasêtèrê ---- das ---- 10 m kubuk

sêtèrê ---- s ---- 1 m kubuk

utawi mètêr kubuk ---- m³ ---- 1 m kubuk

dhèsisêtèrê ---- ds ---- 0,1 m kubuk

utawi hèktolitêr ---- hl ---- 0,1 m kubuk

dhèkalitêr ---- dal ---- 0,01 m kubuk

litêr ---- l ---- 0,001 m kubuk

dhèsimètêr kubuk ---- dm³ ---- 0,001 m kubuk

dhèsilitêr ---- dl ---- 0.0001 m kubuk

sèntilitêr ---- cl ---- 0,00001 m kubuk

sèntimètêr kubuk ---- cm³ ---- 0,000001 m kubuk

milimètêr kubuk ---- mm³ ---- 0,000000001 m kubuk

Timbangan

ton ---- t ---- 100 kilogram ---- 1000 kilogram

kilogram ---- kg ---- babon

hèktogram ---- hg ---- 0,1 kilogram

dhekagram ---- dag ---- 0,01 kilogram

gram ---- g ---- 0,001 kilogram

dhèsigram ---- dg ---- 0,0001 kilogram

sèntigram ---- cg ---- 0,00001 kilogram

miligram ---- mg ---- 0,000001 kilogram

--- 1680 ---

Rêmbagipun Sêmar Garèng lan Petruk

Sambêtipun Kajawèn nomêr 97

Petruk : Ora, Ma, lagi anu Rama ngandikakake paribasan Walônda, kang unine cara Jawane kira-kira mangkene: ngalêm awake dhewe kuwi amambu. Lho kuwi mungguh têgêse kapriye.

[Grafik]

Garèng : Lha wong kowe, Truk, Truk, liyane ngukur dalan sarana nyangking bathok lan têkên, ora ana kapintêranamu, seje karo aku, dhasar wong wêton sêkolahan, cara Jawane ngèsès, cara mlayune, upama sikilku ngarêp aja kêsleyoa mono, bandhangan karo sapa bae, iya ora bakal kalah, cara Cinaku têtês bangêt, mulane aku banjur bisa ngarani, yèn boluwi, ora prêlu kêpengin ciyak: baklae cah, cap jae.

Sêmar : E, tobat, tobat, anggone cara Cina kok pasèh têmên, kuwi kowe ajar nyang ngêndi, thole Nala Garèng.

Garèng : Nèk Rama arêp priksa, dhèk biyèn sêkolahku ana pamulangan pambakmèn. Nèk bakule bakmi têtawa dodolane nyang padha bangsane, kuwi kadhangkala sok diwangsuli: boluwi, jarene têgêse: ora duwe dhuwit. Dene têmbung Cina liya-liyane, ing sarèhning aku wis ora pati kulina manèh, iya wis akèh sing lali.

Sêmar : E, sêmbrana, wong tuwa kathik diapusi, tak arani rak pancèn bisa omong cara Cina têmênan. Mara, nyata kowe ngèsès têmênan basamu Jawa, têrangna mungguh têgêse: ngalêm awake dhewe amambu.

Garèng : Hla, kuwi mangkene, wong kuwi nèk duwe kapintêran, kudu diketok-ketokake, prêlune supaya amambu, têgêse: supaya [su...]

--- 1681 ---

[...paya] rata kawruhan ing wong akèh. Têmtune nèk tungkul mênêng bae, kapintêrane bakal kasilêb.

Sêmar : Lha, kuwi yèn bocah jaman saiki, duwe kapintêran sathithik bae, banjur dipamèr-pamèrake, supaya dialêma wong akèh, diarani pintêr. Môngka sabênêre kabêcikan lan kapintêran kuwi, dudu kok awake sing ngalêmbana, ananging absahe sing ngalêm kuwi kudu wong liya, jalaran paribasane rak wis ana ta, kang unine mangkene: wong ala katara, wong bêcik kêtitik.

Petruk : Nang kuping pancèn iya ora kapenak bangêt, nèk krungu uwong tansah ngalêm awake dhewe kuwi, awit ing kono karêpe rak mung arêp ngatonake, yèn dhèwèke: wong pintêr, wong turunan gêdhe, wong sugih, lan sapiturute. Malah ing jaman kamajuan kiyi ana cara pamèr modhèl anyar, kaya ta mangkene: upamane lagi têtêpungan karo wong liya, kuwi sok ana sing muni: nêpangakên kula pun: Suta, lid polêksrad, ing kono ing batin wong mau, arêp mamèrake yèn dhèwèke apangkat gêdhe, tur bangsane wong gêmblengan, awit rak mung wong kang pintêr bae, kang bisa dadi lid polêksrad. Dhèwèke mau ora ngèlingi yèn wong têtêpungan kuwi sing prêlu manuhake jênênge, dene pangkate yèn ora ditakoni, ora prêlu diketok-ketokake, iya nèk sing diajak têpungan mau, wong apangkat, iya ora pati nalôngsa, kèri-kèri sing diajak têtêpungan mau, mung wong lumrah bae, isine ditêbus têlu tèng, rak masa entuka.

Sêmar : Wis, wis aja padha dibanjur-banjurake anggone padha rêrêmbugan ing dhuwur mau, besuk manèh bae, nèk ana prêlune padha dirêmbug manèh kang luwih cêtha.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

Pambantu Kajawèn ing Surakarta kintun kabar, dintên Rêbo tanggal kaping 5 Dhesèmbêr punika, saandhaping sampeyan dalêm ingkang sinuhun kaparêng utusan ajudan dalêm Bandara Kangjêng Pangeran Arya Cakraningrat sakanthinipun dhatêng ing Batawi, prêlu anyêdhahi tuwan-tuwan pangagêng bôngsa Walandi ingkang badhe anjênêng pamiwahan wiyosan tumbuk dalêm benjing wulan Rêjêb punika. Kawartosakên utusan ndalêm wau bidhalipun saking Surakarta nitih kareta latu mandhap ing Sêmarang, nanging saking Sêmarang dumuginipun ing Batawi lajêng nitih motor ingkang mêdal ing gêgana.

Pindhahipun tiyang-tiyang sadean ing Pêkên Agêng Surakarta dhatêng alun-alun, wiwit tanggal sapisan Dhesèmbêr punika.

Bôngsa hartawan ing Surabaya nama Tuwan Njoo Khe Hong ing Surabaya, tilar donya, arta têtilaranipun wontên f 30.000.000. Kasugihanipun wau jalaran anggèning dagang rèk Swèdhên miyambaki tuwin nyewakakên griya. Kala ing taun 1927 tampinipun sewan griya ing dalêm sawulan f 80.000, dene dumuginipun taun punika sampun mindhak kathah.

Pawartos badhe konggrès agêng pakêmpalan Muhamadiyah, saèstu manggèn ing kitha Surakarta, sarta sampun kaputus têmtuning dintên, wontên tanggal kaping 30 Januari dumugi tanggal 5 Pèbruari ngajêng punika. Dados salêbêtipun 7 dintên, progama utawi lampah-lampah, sapunika sawêg karangcang dening pangrèh ingkang wajib. K585.

--- 1682 ---

Kawartosakên bilih putusanipun parêpatan pangrèh pakêmpalan Tionghwa Hwe Kwan Surakarta ingkang kantun piyambak punika, bab badhe angwontênakên arak-arakan utawi optoh minôngka kangge mahargya dintên wiyosan tumbuk dalêm ingkang sinuhun, kacariyos botên èstu kalajêngakên, nanging amung badhe ngwontênakên sawênèhing barang adi-aèng wêdalan saking nagari Cina kemawon ... kapisungsungakên konjuk ing saandhap sampeyan dalêm minôngka tôndha pangèngêt-èngêt. Mênggah wujud sarta namaning barang wau sapunika dèrèng kawartosakên ing kathah.

Ing dhusun Cicêndho, Bandhung, wontên tiyang manak tiga, sadaya jalêr, nanging ingkang satunggal ngajal, dene ingkang kalih wilujêng.

Wontên pawartos, badhe pandamêlipun gêdhong gupêrnur ing Jawi Wetan, waragadipun f 750.000, panuwunanipun sampun dipun ladosakên ing pamarentah, saha sampun dipun sayogyani.

Kangjêng tuwan ingkang wicaksana gupêrnur jendral mêntas nampèni sowanipun Tuwan De Hoog, pursitêr Grampre Moliere, sekrêtaris up bêstir I.E.P. makatên ugi tuwan Blauw pursitêr, tuwin tuwan Ahn, lid kolonisasi komisi I.E.V prêlu ngrêmbag bab koloni ing kampung utawi Landbouw - bedrijfsschool ingkang badhe dipun êdêgakên ing ngrika. Pikantuking rêmbag wontên wohipun.

Rêsèrsi pèl pulisi ing Bêkasi mêntas angsal katrangan prakawis rajapêjah ingkang laminipun sampun saminggu. Wontên sawênèhipun tiyang sampun sêpuh ing kampung Cikêting, gadhah anak kuwalon jalêr, ingkang gadhah bôndha kathah, dipun wartosakên sampun sawatawis dintên ngajal. Wusana katranganipun pêjahing tiyang wau jalaran dipun lêlêp-lêlêpakên ing toya dening bapakipun kuwalon. Sêngadi kangge sarana anjampèni sakitipun.

Kala Sêtu kêpêngkêr, ing wanci sontên, sêpur ingkang saking Surabaya dhatêng Malang, wontên ing sacêlakipun Malang malèsèd saking ril, lokomotipipun anjêmpalik, masinis tuwin sêtokêripun wilujêng. Kreta klas tiga kalih grêbong mlèsèd saking ril, wontên nyonyah bôngsa Eropah satunggal tuwin tiyang èstri Jawi satunggal sami nandhang tatu. Ingkang sami numpak lajêng pindhah numpak sêpur sênèl sawingkingipun.

Wontên pawartos, ing sapunika ing Batawi ngadani badhe nindakakên rêrigên bab kasarasan ing pasitèn Batawi sisih Wetan, ingkang pasitènipun lêdhog, pamarentah sampun marêngakên ngangge arta f 310.000.-

Murih botên andadosakên sêling-sêrêping tiyang ingkang kintun sêrat mêdal pos gêgana, punika makatên: lampahing sêrat wau langkung enggal dumugi ing papan ingkang dipun ênêr ing lampahipun, nanging botên nanggêl enggaling lampah dumugi ing papan ingkang dipun kintuni sêrat, dados sasampunipun dipun bêkta ing motor mabur, dumugining papan pakèndêlan, lampahing sêrat inggih kados limrahipun kemawon, nanging kabêkta wontên ing wanci ingkang badhe bidhal sasampuning motor mabur wau dhatêng.

Wontên pawartos, kala tanggal 3 wulan punika Radèn Tumênggung Arya Tirta Adisewaya, bupati ing Bôndawasa seda, yuswa 45 taun, jalaran gêrah zwart - watêr - koorts namung kalih dintên.

[Grafik]

Pambantu Kajawèn ing Puntên kintun pawartos. Ing dhukuhan Kêkêp, klurahan Tulung, Puntên, wontên tiyang gadhah anak mêdal èstri, nanging darijinipun namung niga sisih, sukunipun mungkêr kados tiyang sila, bangkekanipun alit. Sapriki wilujêng.

Ing Cikêmbêr, Sukabumi, pulisi ngonangi mayit ingkang sampun mambêt wontên salêbêting griya. Katranganipun mayit wau mayiting tiyang èstri ingkang pêjah dipun gantung ingkang jalêr. Saha ingkang jalêr nama Amsar sampun kacêpêng wontên ing sanès dhusun, mawi pindhah nama Sahali.

Wangsulan saking Administrasi

Agèn nomêr 657 ing Magêlang. Tanjanipun pambayaran a f 2,- punika makatên: ingkang 50 sèn kangge wulan Dhesèmbêr '28 ingkang f 1,50 tumrap kwartal 1 ing taun 1929.

Lêngganan nomêr 2232 ing Pracimantara. Pos wisêl f 1,50 sampun katampi. Rèhning Kajawèn wulan Nopèmbêr sampun kathah ingkang têlas, dados ing wulan Nopèmbêr wau panjênêngan botên kapetang dados langganan. Dene tanjanipun yatra makatên: f 0,50 tumrap wulan Oktobêr, f 0,50 Dhesèmbêr punika, ingkang f 0,50 malih kangge NuariJanuari. 1929

--- 1683 ---

Wêwaosan

Radèn Abipraya.

Anggitanipun Ki Padmasusastra, ing Surakarta, kasêkarakên dening ingkang sinandi.

1

[Dhandhanggula]

umèngêt ring wêwacan linuri / rinaras mrih manising carita / sinawung macapat mangke / nguni gancaran amung / kang kinarang nênggih suwargi / Kyai Padmususatra / kinarya pêpemut / aywa ilang tabêtira / pinudya mrih têtêp dènnya lumastari / salami-laminira //

satataning pèngêt tan tiniti / duk amangun mangikêt ing sêkar / nuju ari Ngahad Wage / patlikur sasi Mulud / ing taun Je sangkalèng warsi / rasa suci ngèsthi Hyang /Sêngkalan: rasa suci ngèsthi Hyang (MInggu Wage, 24 Mulud 1846 A.J., Minggu, 30 Januari 1916 A.D.). nênggih kang winuwus / carita Dyan Abipraya / kang minôngka bêbuka purwaning tulis / praja ing Mêndhangpura //

kasangsaya sinrang ripu sêkti / sri narendra kasambut ing yuda / kasor prapta ing sedane / kang kari samya nungkul / asrah jiwa mring sang winani / têmah lulus ngawula / ing narendra kasub / asrahaning para wadya / linaluri lulus tilasing alami / ingayoman wibawa //

para wadya kaprabawan sami / kêkêsing tyas luluh tanpa sêdya / têtêp sêtya ing bêktine / samya anut miturut / tan sawala sarèhing Gusti / malah tan paja-paja / tuwuhing tyas dudu / cipta winêngku wisesa / angênani sumingsêt pindha têtali / angluluh paracidra //

têtilase risaking praja di / wus winangun rarasing prajarja / paripurna datan pae / sigêg gantya winuwus / samurute narendra nguni / atilar putra priya / mijil saking pungkur / pêparab Dyan Abipraya / sabêdhahing Mêndhangpura mamèt silib / lumuh suwitèng mêngsah //

titi sonya nêdhêng madya ratri / sang rahadyan anis tanpa rowang / anut saparan tindake / tanbuh ingkang tinuju / kawuwusa duk wanci enjing / kadênangan sri nata / sakalangkung bêndu / sumung sêmuning dêduka / anggung muntap kontap ambêging prajurit / koncatan ing tawanan //

gita-gita sri nata ngagnya ring / para wadya gêgêdhug manggala / mrih sumusul saparane / sêrêng wahyaning dhawuh / yèn kapikut kinèn nguwisi / tanggap ingkang ingagnya / tan sawalèng kayun / wusing titi rèhing nata / gêgancangan sumêbut apindha thathit / samar yèn katilapan //

pan sumêbar dènira ngulati / satêbaning praja Mêndhangpura / kawaratan sadayane / baya karsèng dewa gung / amêmayu risang kaswasih / satêmah katilapan / nungkak jangkah kadung / wêkasan tan lêbda karya / asarsaran sumêbar tan antuk kardi / sigêg lampahing wadya //

kawuwusa lampahe sang pêkik / murang marga anggung ngayam-ayam / kasangsaya satindake / tumurun jurang trêjung / sumêngka ring agraning wukir / kandhêg gung mênggah ing tyas / sumunging tyas trênyuh / mèngêt sarasèng sangsaya / anglêsing tyas sakala nitih ngênèni / yayah rasa kantaka //

gagat bangun anon sri rêsmining / wana gênggêng katon tarataban / pêdhut dhêdhêt wèh samare / ngramyang sunaring banu / lir nênuntun atêdah margi / sumilak amrababang / bun kêkêl marêntul / tètès sinêsêp ing kisma / kêmbêng-kêmbêng pindha sarasaning ati / manaput ing wiyoga //

samirana ngidit angênani / manêmpuh ing sêsêkaran wana / arum ulêkan gandane / wênèh anjrah sumawur / maratani lir sawur sari / rumênggèng srining tilam / katon muyêg sêmu / wimbaning surya sumirat / anyunari mawa ujwala nêlahi / ambirat sêkêling tyas //

wus watara tindaknya sang pêkik / angungkurkên wana tarataban / karênan suka galihe / anon asrining dhukuh / prênah suku parêdèn Sumbing / dahat asri kawuryan / têmah kandhêg mangu / anon sêmuning padesan / agung gênggêng tiris tinata atharik / sinipat mawèh raras //

pakarangan gumrining waradin / mèsi sakèh karang tumaruna / nêdhêng andadi uwohe / banene jroning dhusun / dahat arja apindha nagri / swarèng pandhe imbalan / tundha mawa lagu / rahadyan kadêrêng ing tyas / gya umanjing ing padesan kang sêdya mrih / nyakabat anyudara //

wus tinampan lan rênaning ati / baya pasthi rahadyan binuka / widagda sarèhing pandhe / sakridhèng ulah putus / têtabête trahing linuwih / mung sindhitaning sêdya / winadi kalangkung / tan pisan kengis binuka / gung winadi sinamar kinunci wêrit / tan paja kawanguran //

myang sakèhing pra sakabat sami / datan ngira ing trah Witaradya / dening wus samar titike / sêmuning angga nglayung / manabêti rusaking dhiri / mangkana sang rahadyan / wusing sarwa putus / kontap yêyasane kondhang / datan pae tapak paluning aluwih / êmpu ing jaman kuna //

mangkya radyan tuwuhing cipta mrih / madêg pandhe mandhega priyôngga / wus amit marang lurahe / sinamar wahyèng wuwus / mung anêdya anut ing ati / nênuhun aksamèng Hyang / mrih waluyanipun / wusing amit nulya mentar / mangu-mangu anggung onêng nolah-nolih / angrês ing tyas karasa //

têmah wigar dènnyarsa murwani / madêg pandhe kaluluning sêdya / kalênglêngan saparane / mung nut tindaking suku / gung kapêtêk sarasèng tis-tis / anon langêning arga / karasèng tyas tungtum / manahên gunging sangsaya / sinangsaya gumarit têlênging ati / mèngêti kasatriyan //

saya èmêng kapêtêk kêpati / lêjaring tyas anon srining arga / ngêlangut patêgalane / tarap têpining dlanggung / tinanêman mawarni-warni / jali jarak arampak / mlipir angrêmbuyung / gaga muyêg angrêmbaka / jagung gênggêng ngayangan nêdhêng ngêmohi / canthèl asri sumêlap //

--- 1684 ---

wanci surya gumiwang ing wukir / mêndhung dhêdhêt tumiyung ing wiyat / sasôngka kucêm lawêne / maruta sru sumiyut / manêmpuh ing jaladha wingwrin / mratani sèsining rat / tidhêm-tidhêm têdhuh / laluning kang masakala / sang rahadyan kalingsir tuwuh ing galih / kapengin nglopok boga //

kanggêging tyas dèrèng mitêmbung mring / kang adarbe marma sêmang-sêmang / ma [...] solahe / puguting tyas kasaru / tumuruning warsa nungkêbi / [...] gita-gita / ngaub maring gubug / mitêmbung mring kang atêngga / Rara Sunthi kang wancawanci. sumêngit ati / pêparab Rara Mulat.

wahyaning kang pangandika aris / gêndhuk-gêndhuk sun ngaub sadhela / mung anganti satêrange / Dyah Mulat ing tyas suwung / tanpa wrana akêdhah-kêdhih / tinanggapan arila / ênggih dika ngaub / saksana Dyan Abipraya / uminggah mring gubug ngrintih amlas-asih / pan sarwi mêrês wastra //

myang aminta mring Nikèn Sumêngit / dhuh-dhuh gêndhuk bok ngalang sapisan / sun nyilih tapihmu kuwe / mung sadhela bae wus / angêntèni tumêkèng aking / wastrèngsun kang kodanan / nikèn muwus asru / wagune tanpa wiraga / datan suka lamun kang wastra dèn silih / winangsulan sakeca //

bok gih êmpun sami diêntosi / sagaringe lah kêsêsa napa / ngantos jawah satêrange / Dyan Abipraya nurut / pan rahadyan sinrang wiyadi / tumungtuming sarasa / cêlak èstri jalu / sumarma kumêsar ing tyas / lir angganing brêmara rumakêt sari / kawigaran asmara //

liwunging tyas pinênggak tan kêni / mangu anon kudhuping puspita / pêpêt katutup gandane / nakêt arsa mangruruh / ngingsêp maring manising sari / kanggêg risang kusuma / tuwuhing pangawruh / arsa sinrang ing brêmara / asru bêkuh lumayu atawan tangis / wêwadul ing sudarma //

Ki Sundara Umbul Sambiradin / duk anon ing rara sru karuna / kalara-lara tangise / gita-gita agugup / atêtanya purwaning tangis / Rara Mulat sajarwa / mula bukanipun / arsa winasesèng priya / kaduk wani nyakêti wong tunggu têgil / bagus maksih taruna //

[Sinom]

ya ta wau Ki Sundara / kaduking tyas katêtangi / mèngêt wartane Ni Mulat / kapêtêk kêbranang runtik / karna kadya sinêbit / waringutên ing tyas gugup / tatag ing kasudiran / umapak mring sang apêkik / wijah-wijah tlêmpak pinusthi nèng asta //

sapraptaning patêgalan / anon ing priya ngrêrêpih / lir kasmaran ing wanodya / wirandhungan asmu tangis / sinambi angrêrêpi / tansah kandhêg gandrung-gandrung / ngadhuh-adhuh sêsambat / kusuma kang têngga têgil / sira rara bisa têmên nganiaya //

paran têka sira mentar / anangsaya ing wak mami / andaut ing kasutrêsnan / tanpa pindhaning rêrujit / wuyung sarasèng ati / yayah kaleban ing madu / kaduk kadêrênging tyas / pugut kerut ing mêmanis / têmah layu kelut katub ing maruta //

sapa baya kang sêsuta / dene padhukuhan mêncil / kadunungan ing musthika / baya ta trahing linuwih / sinamar ing dewadi / môngka cobaning wak ingsun / mrih wigaring subrata / anrang mring ênênging ati / nadyan coba bêbantêning pangastawa //

kasaru Umbul Sundara / prapta maripih mrêpêki / tanggap gita sang rahadyan / anrap tataning akrami / tungtung-tungtung guyu mrih / aywa kawadakèng sêmu / nanging tan paja-paja / nênamar sruning kêkêling / mênggah-mênggah marawayan ingkang waspa //

ya ta Ki Umbul Sundara / têtanya mring sang apêkik / hèh hèh kula atêtanya / mring andika kang aprapti / sintên ingkang wêwangi / ing pundi purwaning dangu / lan punapa sinêdya / dene mawi angrêrêpi / lah punapa pedahe wong adol swara //

Ki Sundara duk umulat / mring sênênira sang pêkik / wus anyipta yèn rahadyan / tuhu darahing aluwih / pasang solahing krami / kawistara budya rurus / myang sumunaring netya / kêkuwunge ngatarani / anglocita kaelokaning wisesa //

tanggap Radèn Abipraya / linut kaduk ing akrami / mêngah-mêngah aris nabda / dhuh rama dèn srantèng galih / kula sajarwa yêkti / yèn ta wus prapta ing dunung / dèn rila kula arsa / tumut mring andika mangkin / yèn wus tata ing tyas kula awêwarta //

ki umbul karênan ing tyas / gita-gita nulya mulih / tinut ing Dyan Abipraya / prapta anjujug pandhapi / sawusing tata linggih / sang rahadyan anabda rum / dhuh rama kula tanya / sintên kang ayoga yêkti / ing ni rara kang mentar anilar kula //

kyai umbul tanggap sabda / yêkti kula kang sêsiwi / sira Radyan Abipraya / saya sungkêm ing akrami / wasana anabda ris / dhuh rama dèn kaduk mêngku / prapta kula punika / sajarwa sarasèng ati / kumacèlu momong ing putra andika //

kula jarwa ing sanyata / dèrèng misik ing pawèstri / cipta datan pisan-pisan / parandene ing samangkin / kataman ing lêlungit / anrus ing manah panuju / baya wus pasthinira / lumuh ing tyas kula kongkih / sor prabawa kalawan putra andika //

Ki Sundara ngungun ing tyas / ing wasana anabda ris / radèn paran andikanta / dene tan wruh silastuti / yèn ta rinasèng ati / sabda andika puniku / yêkti amurang krama / dadak ngêngandhar lumuwih / sarwa cêtha kadi ambarang carita //

nanging kula wus waspada / ingkang dadya darunaning / dening katarik ing brôngta / kapêtêk putêking galih / tan pisan kula sêrik / amung ta dugining atur / kula arsa têtanya / sintên sinambatan ing sih / dyan sajarwa kula nama Abipraya //

ki umbul laju têtanya / anggèr sintên kang ayogi / duk rahadyan antuk sabda / patanyan ingkang ayogi / karasa tumuntum mring / trênyuhing tyas akapiluh / sêrêt wijiling sabda / rama paran kang pakolih / andêdawa andangu mring kang ayoga //

mindhak trênyuhing tyas kula / mêmèngêt ing rèh wirangi / gung tumanêm tan kenging sah / Ki Sundara duk miyarsi / nyathêt sajroning ati / paran ta darunanipun / mung mirid ing sawangan / nyata darahing aluwih / angujwala ruruh asarwa prasaja //

mênggah Radyan Abipraya / wasana ngandika malih / rama kula atur jarwa / kang ayoga mring wak mami / nata ing Mêndhangpuri / Sri Dewakusuma kasub / narendra baudhêndha / angrèh samaning narpati / mung kuciwa sri supadmi tan pêputra //

ugi apêputra kathah / nanging mijil saking wuri / kula kang sêpuh priyôngga / saking karsèng sri bupati / arsa jinunjung linggih / sinêngkakkên ing aluhur / dadya pangran dipatya / nanging pugut ing pangèsthi / dening wigar sinêrang ing parangmuka //

(Badhe kasambêtan).

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]