Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-02, #1644

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1929, #1644
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-01, #1644. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #353.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-02, #1644 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #385.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-03, #1644 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #386.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-04, #1644 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #387.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-05, #1644. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #388.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-06, #1644. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #389.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-07, #1644 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #390.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-08, #1644. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #391.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-09, #1644. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #392.
10.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-10, #1644. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #393.
11.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-11, #1644 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #394.
12.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-12, #1644 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #395.

Ôngka 15, 10 Pasa Taun Alip 1859, 20 Pèbruari 1929, Taun IV

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [225] ---

Ôngka 15, 10 Pasa taun Alip 1859, 20 Pèbruari 1929, Taun IV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Swèdhên

[Grafik]

Kadhaton kasteel ing Skaave.

--- 226 ---

Raos Jawi

Mandara Trêsna

(Sambêtipun Kajawèn nomêr 14)

[Sinom]

Anggon ugêring sujanma / kang wajib samya ngênggoni / nênggih madyaning sih trêsna / ngrumasani sinungan sih / maring Hyang Mahaluwih / wilangan titah linuhur / atur sukur ing Allah / sakadare anglêlantih / mrih maluya jroning gêsang utang sêlang //

mring Allah kang sipat murah / miwah asih donya ngakir / yèn utanga raja donya / ampang pangetunge gampil / balik kalaban ing sih / nyaur saumur nora pur / paran rèh pangupaya / marga pamaluyaning sih / wus sinêrat tarlèn pêpulih sih trêsna //

kariyin mring yayah rena / nurut wêdi bêkti asih / sarta trêsnèng sanak kadang / kang kadyèku madyaningsih / mangkana ing samangkin / kang môngka mêkasi wuwus / kotamaning sih trêsna / janma tan wênang majibi / bubuhane para sujanma utama //

jênênging janma utama / miturut unining tulis / tan lyan mung pra dutaning Hyang / iyèku nabi lan wali / linilan andarbèni / bubuhan budi linuhung / dununge kang ingaran / kautamaning trêsna sih / santosèng tyas asih trêsna maring Allah //

ngluhurkên kotamèng asma / Allah sipate mung asih / date mung Maha Kawasa / apngale murah mratani / marma pra nabi wali / linuwih sampurnèng kawruh / nglungguhi panalôngsa / rumasa utang sêlang sih / tan kêna sah kongsi wêkasing tumitah //

têmah parêng aprasêtya / kabèh mung darbe ubanggi / sumanggèng sakarsa Allah / dera kumêdah nyaur sih / lêbura mawor siti / sarwa suka sarwa sukur / tumutur agnyaning Hyang / umahya pamaluyèng sih / sanetyasa sih trêsna sapadha-padha //

pratandhaning karsa Allah / sêtya tuhu dèn lakoni / nêkanana anèng donya / nyumurupkên yèn Hyang Widhi / warnining sipat asih / panêksine para tuduh / dahat dènnya sih trêsna / marang ing sasami-sami / môngka dadya pamaluya sihing Suksma //

kasamêktan asih trêsna / nêtêpi mung sipat asih / Allah kang sinudarsana / sinaksèn pratôndha yêkti / akèh kang têmah pati / pitênah siksa tinêmu / sangsaya siya-siya / kinaniaya ngluwihi / anglir sato satata kinuya-kuya //

tan karya owah ing karsa / sru mangrasuk sipat asih / salingga rila lêgawa / norak êsak nora sêrik / karêksaning sêsami / ingaksama mring Hyang Agung / enggal kabukèng tingal / ngèlingi kotamèng Widhi / dhinawuhkên sipate mung asih trêsna //

samya mantêp tinêtêpan / pinrasêtyan anuhoni / saunining têtulisan / tulus samya dèn lakoni / sakèhing para tuding / nulad sipating Hyang Agung / anggung gawe pêpadhang / pangidhêping tyas trêsna sih / nora surêm têkèng kawêkasaning rat //

ratu-ratuning kaswargan / sira risang paramèngsih / kang samya dinutèng Suksma / manawa jaman samangkin / tan kêna angakoni / kinarilan ing Hyang Agung / digung dadia duta / dening dudu nabi wali / wong walaka mokal sampurnèng pêpadhang// [pê...]

--- 227 ---

[...padhang//]

pindha urubing dahana / sanadyan mandaragiri / ingobar abra markata / Hyang Brama angêtog budi / wikrama amawrêdi / datan môntra-môntra tundhuk / tumandhinga pinadha / lawan padhanging hyang rawi / dadi warah tôndha piandêling beda //

datan gaduk ginayuha / sayogyane sanggyèng janmi / amung manut mituruta / mring prentahing nabi wali / linakyan lan linuri / nora angèl nora ewuh / wus ana kang anyôngga / sagung dosaning dumadi / dêmi Allah wus sah kurban dutèng Allah //

Panjurung.

Pawartos Wigatos

Kapal Silêm

Jangkêping dêdamêl gagrag enggal ingkang dipun pigunakakên ing marinê, taksih wontên malih, inggih punika kapal silêm. Kala ing taun 1906 karajan Walandi kagungan kapal silêm ingkang sakawit nama Hr. Ms. "OI" lan dipun angge ing marinê nagari Walandi 15 taun laminipun.

Wiwit kala samantên kawontênaning kapal silêm saya majêng, inggih tumrap kange dêdamêl punapadene kangge kapal limrah. Kamajênganing kapal wau ngantos dumuginipun dados dêdamêl, mindhakipun saking sakêdhik, saha lajêng saya agêng ukuranipun, wusana ing nglêbêt ngantos kenging kangge ngêmot torpedho agêng-agêng kathah. Dene kamajênganipun ngantos awarni kapal, jalaran kapal silêm punika botên samar manggih pakèwêd ingkang ngalang-alangi ing margi, jalaran kawruhing kagunan saya majêng, inggih punika tiyang sagêd migunakakên motor limrah tuwin motor èlèktris, kangge anglampahakên kapal silêm wau.

Dene kapal "OI" pinika agêngipun 150 ton, dene kapal silêm ingkang enggal, upaminipun K. XII tuwin K. XIII kintên-kintên 800 ton. Kajawi punika kapal silêm gagrag lami botên sagêd alêlayaran têbih, ananging ingkang gagrag sapunika, kenging kangge lêlayaran angubêngi jagad, tôndha yêktinipun kados ingkang pinanggih ing lêlayaranipun kapal K. XIII punika saking nagari Walandi dhatêng Indhia anglangkungi Amerikah.

Kapal silêm punika wanguning awak-awakanipun panjang kados srutu lancip. Ing sanginggiling awak-awakan wau wontên êdhègipun, lan ing ngriku wontên manaranipun ingkang kenging dipun tutup rapêt. Kajawi punika, ing salêbêting kapal silêm wontên tèngipun kathah, ingkang kenging dipun isèni toya utawi dipun kothongi, miturut sakajênging tiyang.

Upaminipun, kapal wau badhe nyilêm, tèng-tèng wau dipun isèni toya, utawi kosok-wangsulipun manawi badhe lumampah ngambang, tèng-tèng [tèng-...]

--- 228 ---

[...tèng] wau kêdah dipun kothongi. Kêmudhinipun warni kalih, satunggal kangge ngenggokakên ngiwa nêngên, satunggalipun kangge mrênahakên pamanggènipun wontên salêbêting toya, inggih punika minggah utawi mangandhap.

Ing limrahipun, kapal silêm punika ugi alêlayaran ngambang, kados limrahing kapal, dipun lampahakên ing motor Diessel satunggal utawi kalih. Kapal wau dipun kêmudhèni saking papan sanginggiling manara.

Manawi kapal wau badhe nyilêm, sadaya punggawa ingkang wontên ing êdhèg kêdah malêbêt dhatêng salêbêting awak-awak kapal, dene upsir-upsiripun ingkang ngulat-ulatakên lampahing kapal, malêbêt dhatêng salêbêting mênara. Ing salêbêting manara wau wontên pirantos ingkang nama periscoop, inggih punika kèkêr kangge ningali dhatêng ing jawi saking salêbêting toya, samôngsa kapal nuju nyilêm. Nanging manawi kapal wau panyilêmipun langkung 12 mètêr, botên sagêd ningali sarana migunakakên periscoop wau malih.

[Grafik]

Kapal silêm wontên ing palabuhan.

Manawi kapal wau alêlayaran ngambang, angangge motor Diessel. Dene manawi nyilêm, motor wau dipun santuni motor èlèktris, lan kapal wau lajêng dipun tutup rapêt, tèng-tèngipun sawatawis dipun isèni toya, ngantos ngambangipun namung sakêdhik, saha lajêng dipun kêmudhèni nyilêm. Kalanipun môngsa pêrangan, kapal silêm punika manawi katêmpuh ing mêngsah kêdah rikat panyilêmipun. Bab makatên punika sagêd tumindak ing salêbêtipun samênit. Tumrap ingkang gagrag sapunika, sagêd nyilêm nyantos 60 mètêr. Dêdamêlipun inggih punika torpedho.

Mênggah prayoginipun kangge dêdamêl dene kapal wau sagêd anyêlaki kapaling mêngsah botên kasumêrêpan, dados sanadyan siyanga pisan, gampil kemawon anyirnakakên kapaling mêngsah.

Sarèhning ing salêbêting kapal punika kathah pirantos tuwin prabot warni-warni, kados ta: mêsin ingkang kangge nglampahakên kapal wau, pirantos radhio, pirantos kangge ngisèni utawi ngothongi tèng tuwin sanès-sanèsipun. Dados sawarnining padamêlan wau kêdah dipun tindakakên ing tiyang ingkang mangrêtos.

Manawi angèngêti kawontênan ingkang kados makatên punika, kados punapa manawi panindaking damêl ing ngriku ngantos kêlintu, mila prêlu wadya lautan punika anggadhahi punggawa ingkang pintêr-pintêr tuwin sumêrêp dhatêng wajib ing kalanipun anindakakên dhawuh. sayêktosipun botên prêlu kapratelakakên malih, bilih wadya lautan punika [puni...]

--- 229 ---

[...ka] botên sagêd mêndhêt tiyang sakenging-kengingipun, nanging kêdah namung têtiyang ingkang anngsal panggulawênthah sae ing pamulangan, lan salajêngipun angsal wulangan nukang kanthi sampurna.

Ing Kajawèn ingkang mêdal ing dintên punika, ugi ngêwrat adpêrtènsi, ingkang wosipun pados para neneman, puruna nyambut damêl ing marinê.

Kawontênanipun Tanah dalah Têtiyangipun

Tatacaraning Têtiyang Tênggêr

Sambêtipun Kajawèn nomêr 14

Lah punika cêthanipun ingkang kanamakakên wilujêngan: walagara, têgêsipun milujêngi pêngantèn bakda nikah.

Dene ing bab nikah tumrap tiyang Tênggêran ingkang padununganipun sawatawis cêlak dhatêng dhistrik, upami tumpang lan sanèsipun, punika salong nikah wontên ing kanaiban, mênggah patrap pratikêlipun manut tatacara kaislaman.

Bab sidhêkah ing môngsa karo.

Sanajan ing sêrat dhukun dhusun sampun nyêthakakên bab sidhêkah karo, samangke prêlu kula andharakên malih, dados beda-bedaning patrap sarta wêkdalipun, para maos sagêd anggalih (bab ewah-ewahing dhong wilujêngan dalah kawontênanipun), makatên:

Nalika dintên Sêtu Lêgi tanggal 16 Rêjêp, utawi 29 Dhesèmbêr 1928 têtiyang ing parêdèn Tênggêr sami wilujêngan prêlu mêmule para nabinipun, inggih punika kawastanan: sidhêkah môngsa karo. Ing dintên punika têtiyang ing dhusun Ngadas sami ngawontênakên tumpêng kathahipun nyawêlas iji. Ing wanci enjing sasampunipun kiyai dhukun andumugèkakên kajat, wontên ing griyanipun piyambak (sidhêkah karo kados ingkang sampun kawrat sêrat dhukun dhusun), lajêng midêmidêr. dhatêng griyanipun tiyang ngriku prêlu ujub-ujub, inggih punika andongani tumpêng sawêlas ingkang sampun sumadhiya ing jrambah ing sabên griya, anggènipun andongani panjang sangêt, ngantos ing sadintên punika botên sagêd kêmput sadaya, awit sabên tumpêng satunggal dipun dongani piyambak-piyambak, mirid piandêlipun: nabi ingkang dipun mêmule asmanipun ugi piyambak-piyambak. Pramila ing sadèrèngipun kalampahan, para lêgèn sami prentah supados pun Suta (upaminipun) sadhiya ing dintên punika, pun Naya benjing-enjing, Dhadhap êmbèn, salajêngipun ngantos sakêmputipun dhusun wau watawis 6 dumugi 8 dintênan. Nanging kauningana, tumpêng wau botên kok dipun kêpang ing tiyang kados badhe kêndhuri, nanging namung dipun dongani balaka, ing wêkdal makatên botên kenging wontên sabawaning tiyang utawi lare rame-rame, wontênipun tiyang wicantênan namung sarana bisik-bisik, dene asahanipun botên beda kados ubarampe wilujêngan ing griyanipun dhukun. Sarampunging kadonganan, tumpêng ingkang satunggal kabêkta dhatêng griyaning

--- 230 ---

kyai dhukun, dene ingkang 10 kaundurakên dhatêng wingking sakajêngipun tiyang ingkang gadhah kajat, wontên ugi ingkang botên nyukani tumpêng, nanging kalintonan yatra kemawon, mila rijêkinipun dhukun ing dintên punika kalêbêt kathah, wontên yatra sarta wontên têtêdhan. Ingkang makatên wau kabêkta saking jalaran têbih padununganipun, wêgah ngatêrakên tumpêngipun utawi sabab sanès-sanèsipun, upami: botên wontên ingkang ngatêrakên utawi kuwatos yèn mambêt jalaran griyanipun kiyai dhukun têbih saking ngriku.

Kados katrangan nginggil punika, sabên ing wanci sidhêkahanipun môngsa karo, para dhukun katawis rêkaos ing damêl, kajawi mindêng ngidêri dhusun prêlu nyêkapakên kuwajibanipun, ing salêbêting sawatawis dintên prasasat tanpa tilêm, awit ngrika-ngriki sami ngêntosi, wontên ing ngriku lajêng andonga pintên-pintên jam, upami kirang kulina ambokmanawi karaos mênirên.

Samangke sampun têrang malih, ing bab wilujêngan punapa kemawon sabên taun mêsthi gêntos wêkdal (botên têtêp), cobi mriksanana sêrat dhukun dhusun, ing ngriku nyêbutakên rumiyin kala sidhêkah karo dhawah ing dintên Rêbo 17 Bakdamulud utawi 26 Marêt 1913, dene samangke dhawahing dintên kasêbut nginggil, sababipun inggih botên beda kados ingkang sampun kula aturakên ing bab ewah-ewahing wêkdal kasadha, botên liya jalaran saking wilujêngan unan-unan.

Wondene sidhêkah karo wau, èmpêripun ing cara kaislaman, dumunung kadosdene nuju Muludan (garêbêg Mulud).

Wasana andharan kula namung dumugi samantên, botên langkung bilih wontên saru sikuning têmbung mugi sampun kirang ing pamêngku.

Nirrasa.

Jagading Wanita

Pandamêlipun Tape Kêtan

Têtêdhan ingkang kawastanan tape punika, ingkang kadamêl pohung utawi kêtan, mênggah raosipun lêgi asêgêr. Mila tape punika limrahipun namung kadhahar kangge sêgêran. Dene ingkang murugakên raos lêgi punika raginipun. Mênggah pandamêlipun tape punika sok tiyanga inggih sampun mangrêtos. Ing pêkên-pêkên utawi ing padhusunan punika limrahipun ingkang kasade tape pohung, awit punika pandamêlipun irit, botên kados pandamêlipun tape kêtan. Mênggah pandamêlipun tape kêtan punika makatên:

Nakêra wos kêtan saêdangan, dipun sosoh ingkang rêsik, nuntên dipun pususi. Sasampunipun punika lajêng dipun kum watawis kawan jam dangunipun. Yèn badhe kaêdang wos wau kêdah kaêtus rumiyin ingkang ngantos atus, pangêtusipun kêdah kawadhahan rinjing utawi dhunak, botên kenging mambêt sarêm, klapa, gêndhis lan sapanunggilanipun. Manawi wos sampun asat saèstu, nuntên dipun êdang, nanging botên kenging dipun karu, namung

--- 231 ---

dipun dang sapisan kemawon. Yèn dang-dangan wau sampun kumêbul sarta wos sampun katawis matêng, nuntên dipun êntas, katumplak ing tampah, nuntên kagêmpur ingkang ngantos ambyar, mumpung taksih bêntèr, awit manawi sampun asrêp, lajêng kêmpêl, botên sagêt ambyar. Mênawi kêtan punika sampun asrêp, lajêng dipun wur-wuri ragi ingkang sampun lumêr kados glêpung, dipun urab ngantos waradin. Mênggah kathahing ragi, yèn kêtan saêdangan, raginipun kêdah satus glindhing ingkang agêngipun sawiji kopi.

Manawi tape punika namung badhe kadhahar kemawon, pandamêlipun makatên: kêtan ingkang sampun dipun urab kalihan ragi punika, lajêng dipun wungkusi godhong pisang ingkang rêsik. Sabên mêndhêt kêtan badhe kawungkus punika tanganipun kêdah kaambêtan toya gêcêkan kajêng lêgi satugêl kilan, cabe satunggal, bawang pêthak sasiyung. Pamrihipun supados kêtanipun sampun plikêt lan supados mambêt angêting cabe bawang, makatên ugi godhong ingkang kadamêl mungkusi, inggih kêdah dipun usapi toya punika. Sasampunipun dados wungkusan sadaya, nuntên dipun tumpuk ing dhunak utawi ing sênik, dipun tutupi godhong pisang. Watawis tigang dalu, yèn raosipun sampun lêgi, kêdah dipun pêndhêti, kajèjèr-jèjèr sampun ngantos tumpang tindhih, murih sampun ngantos kêbêntèrên. Punika sampun dados tape, sampun kenging kadhahar, raosipun sêgêr sarta lêgi tumêk, amargi toyanipun kêmocor kados kêtan dipun kum ing toya gêndhis.

Êbrêm punika ingkang kadamêl ugi tape kêtan, makatên:

Dang-dangan kêtan sasampunipun dipun wur-wuri ragi waradin, nuntên dipun kêpêli. Tangan ingkang kangge ngêpêli ugi kêdah dipun ambêti toyaning cabe bawang wau. Kêpêlan kêtan punika dipun wadhahi sênik ingkang rêsik. Sênik punika kêdah dipun lèmèki godhong pisang ingkang rêsik, nanging panatanipun lèmèk wau kakintên-kintêna sampun ngantos toyaning tape têmètès sangêt-sangêt. Yèn sampun rampung panatanipun kêpêlan wontên ing sênik, nuntên ing nginggil katutupana godhong pisang ingkang rapêt. Lajêng katindhihana ngangge punapa-punapa ingkang ragi antêb. Pamrihipun godhong tutup sampun ngantos ngalingkab. Sasampunipun punika sênik lajêng katumpangakên ing pangaron. Watawis kawan dalu, yèn toyanipun sampun kumocor sarta raosipun sampun lêgi, nuntên dipun pêrêsi, toya kawadhahan ing pangaron sarta kasaring. Punika toyanipun lêgi sangêt mèh sami kalihan lêgining juruh gêndhis batu. Inggih toya tape punika ingkang kadamêl êbrêm. Toya wau lajêng dipun godhog ing kuwali ingkang rêsik ngantos kênthêl. Yèn sampun kênthêl kados gêndhis nuntên katitis sakajêngipun, dipun asrêpakên sampun dados êbrêm. Kenging kadamêl nyamikan ngunjuk wedang, minôngka gêndhisipun.

Ingkang punika kula nyumanggakakên dhumatêng para maos, bilih wontên ingkang karsa badhe nyobi, namung lumayan kangge sêgêran. Botên langkung yèn wontên kalinta-kalintuning sêsêrêpan kula, nyuwun gunging pangaksama.

Tirtadarmaja, Ungaran.

--- 232 ---

Waosan Lare

Bocah Kêmbar

XXVI. Kumpuling sadulur loro.

[Maskumambang]

kalesedan lan sambat wong kaki-kaki / aku uripana / wis kapok tênan saiki / dhuh larane ora jamak //

ing dhadhaku kaya jêbol klêbomklêbon. gêni / wis aku tak lunga / wong anom nyauri nyêngit / bok uwis coba lungaa //

yèn ta kowe ngantia mingsêt tak bêdhil / wis ayo kondhaa / kowe rak bangsaning dhêmit / sing dhêmên gawe piala //

ing nalika kowe ketok aku ngrêti / kowe bôngsa setan / arêp nyidra aku mêsthi / tujune banjur konangan //

aku takon apa tênan watu iki / dudu gêgawean / ayo kôndhaa saiki / aja mung pijêr pringisan //

kaki-kaki clathu karo pringas-pringis / satêmêne iya / aku sing agawe kuwi / dhisike uwong lan kewan //

mak parêmpêng wong anom ngagagi bêdhil / ayo uripêna / yèn kêsuwèn kowe mêsthi / tak bêdhil êndhasmu pêcah //

kaki-kaki mangsuli karo ngêrintih / o o aja aja / mêngko aku sing nguripi / wis atimu aja samar //

kaki-kaki banjur ngadêg amarani / rêca wong lan kewan / dithuthuki gênti-gênti / sanalika padha waras //

lah ing kono mau uwong kaki-kaki / iya banjur ilang / lan byar sanalika eling / pangeran nuli ngandika //

dene thole kowe têka ing saiki / aku rada samar / apa pandêlêngku iki / dudu saka kliru tômpa /

uwong anom banjur apratela lirih / kakang aja samar / têkaku awarta bêcik / uwong anom banjur kôndha //

ing wiwitan kêtêmu lan kaki-kaki / ora ana kliwat / sang pangeran nuli eling / sakawite ambêbêdhag //

manthuk-manthuk karo angandika lirih / iya thole iya / kabèh kèlingan saiki / dadi aku kêna godha //

wêkasane aku nêmoni bilai / dicidra ing setan / la têkamu kene iki / sapa ta sing nuduhêna //

uwong anom alon anggone mangsuli / iya dhèk samana / nalika aku golèki / têkan sawiji nagara //

uwong akèh banjur padha amarani / lan aku dikira / yèn kakang sing têka kuwi / kabèh padha sukur bungah //

sanalika sang pangeran muring-muring / banjur nyandhak pêdhang / adhine dipêdhang mati / êndhas pisah saka awak //

macan tuwa takon êlo kadospundi / dene lajêng duka / ujug-ujug amêjahi / kang rayi dosa punapa //

wangsulane pangeran bangêt nyênyêngit / jênêng ora gênah / dene nganggo wani-wani / nyang nagara amêmadha //

mula akèh wong nagara angarani / yèn aku sing têka / mula banjur tak patèni / awit bocah ora gênah //

macan alon lan lirih

--- 233 ---

gone mangsuli / la punika lêpat / panjênêngan ragi nlisir / raos panggalih kêsêsa //

lah sintêna tiyangipun sampun mêsthi / botên sagêd ngira / bedaning warni kêkalih / awit panjênêngan kêmbar //

dadondados. têrang kang rayi agalih suci / botên mindha-mindha / supados dipun wastani / utawi ngêsur pangwasa //

macan banjur akon mênyang macan adhi / priye le bok kôndha / lakune daramu kuwi / nalika ana nagara //

macan anom amangsuli karo nangis / yèn mungguh bandara / anèng kana mung sadhèlit / jênêg mung liwat ing dalan //

awit barêng disapa wong kono kuwi / banjur enggal-enggal / bali bae anggolèki / têkan kene nêmu rêca //

sang pangeran banjur nyêla sênik-sênik / e dadi ngono ta / we la priye macan iki / jênêng dhapur kêtiwasan //

macan ketok sêmune nêpsu ing ati / banjur sêru kôndha / dèkna biyèn andukani / tindak grusa-grusu ala //

jêbulane tinêmu ana saiki / uwong ora dosa / jranthal maju tikus pithi / banjur anyêlani kôndha //

wis ta macan aja dadak muna-muni / iki jênêng sabab / lan yèn nênutuha gusti / wong wis luput arêp apa //

rak aluwung mikira sing murih bêcik / pangeran ngandika / iya bênêr kowe pithi / kapriye coba kôndhaa //

yèn ta kula ngatên tansah emut mêsthi / lah pedah punapa / rame angraosi mayit / tur môngsa mitulungana //

rak prayogi dipun manah kadospundi / yèn pun suprih gêsang / inggih kêdah pun padosi / srananing gêsang punapa //

sampun sampun mangke ta sarèh rumiyin / kula pados enggal / godhong kados ing rumiyin / tikus nuli mlayu jranthal //

ora suwe mung ing sakêclapan bali / wis karo anggawa / godhong tunggale dhèk dhisik / sang pangeran nuli nyandhak //

sandilata dipusus dicakke nuli / sanalika waras / banjur rêrangkulan nangis / kewan kabèh ngono uga //

sang pangeran banjur angandika lirih / wis ta ayo padha / tumuli budhalan bêcik / abali mênyang nagara //

kabèh bae padha angrasakna mukti / yèn ta kasêmbadan / yake bisa ing saiki / luwar saka kasangsara //

nanging thole mungguh bêcike saiki / murih gawe bungah / yèn têkan nagara bêcik / aja mlaku bêbarêngan //

ing lêbune nyang kadhaton aku dhisik / mêtu saka lawang / srimanganti êlor nuli / kowe ya ambarêngana //

nanging mêtu srimanganti kidul bêcik / dadi gawe eram / wong sing padha wêruh mêsthi / gumun ora bisa ngira //

awit aku lan kowe karo sing ngiring / kabèh padha rupa / ayo padha dilakoni / lan aja nganti katara //

lan yèn nganti disapa aja cumuwit / cukup mung mênênga / aja pisan amangsuli / kiraku ngono prayoga //

yèn ta nganti kalakona ngono mêsthi / uwong sanagara / bingung nanging bungah buri / nganti ngira ora-ora //

wis ta ayo padha nuli dilakoni / kowe macan luwak / lan tikus sing ati-ati / kabèh banjur padha mangkat //

ing sadalan-dalan akèh wong ngruruhi / sauwise têkan / ing kutha pisahan nuli / nganthi kewan niji edhang //

--- 234 ---

Panglipur Manah

Kêcelik

[Dhandhanggula]

Sinarkara wahyaning kang tulis / anggambarkên ing jaman punika / jaman modhèrên namane / nahêna kang winuwus / satunggiling priyantun sugih / darbe putrèstri juga / ayunya linangkung / wancine rumaja putra / wus pacangan lan Radèn Trisna asinggih / bagus luwês jatmika //

kawuwusa ing ari sawiji / nuju Ngahad enjang wancinira / sang ayu bangêt onênge / mring Radèn Trisna wau / nulya minta idin sudarmi / arsaa kêpanggiha / mring pacanganipun / kang rama dhangan ing nala / dhuh anakku wong ayu tur mung sawiji / sakarêpmu sun uja //

[Grafik]

Ing sarèhning Si Sutrisna kuwi / ijèn bae anèng pondhokira / mula dhenok prayogane / ingsun têrke sirèku / dadi ora asônggarunggi / lan bêcik dulunira / wit pacangan iku / tumrape ing bôngsa Jawa / durung kaprah lawan akèh kang ngewani / wit kêrêp kadrawasan //

[Grafik]

tan winuwus kaananing margi / kawuwusa dupi sampun prapta / sangajênging jandhelane / Sutrisna sang abagus / samya kagyat dupi ningali / wayangan ing jandhela / gênah gambaripun / Sutrisna môndhong wanudya / pan sumrêpêt panone sang kadi Ratih / dening tyas datan nyana //

[Grafik]

dhuh jiwaku Sutrisna wong sigit / têka cidra kangmas ngandikanya / jare tan ana malihe / kang dadi ciptanipun / kajabane Siti puniki / jêbule anèng wisma / nyêngkêr putri ayu / o ya bêgjane wak ingwang / kêmalingan katrêsnan tan ngrumasani / dhuh bapak apa kuwat //

--- 235 ---

lah ta gêndhuk sira aja nangis / aja bingung lan aja sungkawa / si laknat ingsun ajare / wong cidra kang kadyèku / mung pantêse dèn kêndhalèni / sirahe thinuthukan / lawan watu agung / kêbênêran iki ana / watu gêdhe sumèlèh ngarêping kori / hèh gêntho rasakêna //

[Grafik]

adhuh rama aja-aja muring / patrap ingkang mangkono punika / dudu wataking jèntlêmèn / pariksanên rumuhun / yèn wis têrang bêcik winadi / seje dina kewala / sun walêse alus / lara bangêt atiningwang / cup mênênga aku ora rêp mraduli / si anjing krasa tangan //

[Grafik]

S.W. Widarsa

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

VII. Bab Darmawisatanipun Petruk dhatêng Jawi Têngah

Petruk : Ora, Rèng, aku êmbok iya êmongên sathithik, dêdongenganaku aja tungkul kok canthulani bae, cik bèn enggal rampung. Aku dhewe wis rumasa, mêsthine para maos utawa para sing padha mirêngake rak wis padha duka lan padha garundêlan: yah, pijêr-pijêr kok nyaritakake anggone lêlana yang Jawa Têngah, ya anjêlèhi, ambosêni, angênêg-ênêgi. Rak ênggih ta, dara bèi, dara mas, dara dèn ayu, dara dèn ngantèn, mas bèi, mas ngantèn, tuwan, sobat baik.

Garèng : Wiyah kathik diratani kabèh, nganti kaya wong buruh sunglap, mungguh kandhamu kuwi pancène iya ana bênêre, ewadene banjurna bae dhisik, ing têmbe yèn ana sing cawe-cawe dikon nyêtop, iya tumuli sêtopên bae.

Petruk : Iya bêcik. Saka Purwarêja aku [a...]

--- 236 ---

[...ku] lan adhimu Bokne Si Kamprèt sumêdya ambanjurake mênyang Magêlang, rekane mono arêp nunggang kreta melor, nanging jarene nang unggah-unggahan ing... nèk kreta lumrah sok ora kuwat, kudu nganggo ditarik kêbo barang, kok brabèh têmên. Rekane banjur arêp nunggang motor, jarene nèk nunggang motor kuwi nèk nang dalan bandhênpèh (baning motor ambalêdhos) iya sida thêlak-thêlik kijènan bangêt, ing sarèhning aku kloron kiyi bangsaning wong kang anêngênake bangêt marang: rukun agawe santosa, apamanèh tumrap ing kacilakan, mulane banjur ya narima mung nunggang otobis bae.

[Grafik]

Garèng : Yah, padune golèk tunggangan sing murah bae, kathik warna-warna sing diomong, kaya mêngkono kuwi rak ora beda karo botoh main, kabênêr ora duwe dhuwit, dumadakan diajak kon ngêpati, kuwi wangsulane: wong aku kiyi nèk apês-apêse ora kat 50 rupyah luwung ora main bae.

Petruk : Iya mêngkono kuwi adating priyayi kang utama. Apa ta prêlune wong nuduhake kamlaratane, akèh-akèhing uwong ora bakal wêlas, nanging rak malah sok ngisin-isin. Wis, wis kok banjur talencengan rêmbuge, luwih bêcik tak ambanjurake caritaku. Kira-kira jam 10 esuk, aku lan Bokne Kamprèt wis sumadhiya ana ing sêtatsiuning otobis, wis mêsthi ta aku sakloron nunggange iya ana ing papan sing dhuwur dhewe, ora kok nang dhuwur payon, nanging lungguh jajar karo supir. Ing sarèhning isih akèh wêktune, utawa manèh otobise durung pati kêbak, dadi aku kloron iya kudu ngêntèni sawatara. Sajêrone aku ngêntèni ing kono, aku tansah anggagas lan nyawang kaanane wong-wong kang padha arêp nunggang otobis. Mungguh pakolèhe panggagas utawa panyawangku mau mêngkene, yaiku yèn anane otobis kuwi gêdhe bangêt pigunane, awit: 1e bisa ngrikatake lakune wong lêlungan, 2e waragade sathithik, tunggangane kapenak. Kajaba iku nèk kabênêr masa adhêm bisa angêt, jalaran akèh kancane. Nèk ana apêse, êmbuh jalaran otobise ngambung apa-apa, nganti bisa rêmuk, kuwi nèk nganti tumêkaning pati, ing besuk anggone ngambah sirotol mustakim, ora ijèn nanging akèh kancane.

Garèng : Wiyah bok aja ngèmbèt-èmbèt sing ora-ora.

Petruk: : Lho, wong urip kuwi aja tungkul [tungku...]

--- 237 ---

[...l] ngrêmbug kapenake bae. Nèk ngrêmbug lêgine, paite iya udukudu. mèlu dirêmbug. Nanging sabênêre bab pati kuripurip. kuwi wis ana wêwatêsane dhewe-dhewe, dadi ora prêlu dirêmbug dawa-dawa. Sing prêlu arêp dak kandhakake ora sênênge wong arêp nunggang otobis, yakuwi anggone prasasat digawe sidhêkah prêbutan, dicènèng mrana dicènèng mrene dening para blantiking otobis, supaya gêlêm manunggal otobis tanggungane dhewe-dhewe. Kang mangkono mau sing nunggang sok rumasa rikuh, saya manèh wong wadon. Bok ya sing wajib ngudi anjaga utawa ngalang-alangi patrap kang mêngkono mau, sabab yèn sing ditorak-tarik mau kabênêr bangsaning wong brangasan, rak bisa uga banjur main konto têmênan.

Garèng : Iya mêngkono kuwi aboting wong golèk pangan, sok nganti lali marang patrap sing ora pantês. Nanging mungguh sakabèhing tindaking wong-wong otobis mau rak mung minôngka sarana anggone arêp amayokake dagangane. Nèk mêngkono kok tômpa ora gawe sênêng atimu, genea yèn kowe arêp tuku jarik, diènèng-ènèng bakule, kowe têka mesam mèsêm sajak sêgêr ngono. Tur si bakul ora kok duwe pikiran apa-apa, kajaba arêp mayokake dagangane.

Petruk : Yah, kok banjur ngono, hla, kiyi rak seje hale. Wis, wis tak banjurne caritaku. Kira-kira jam 11 otobise pangkat. Liya dina tak ngandharake bab ala bêcike wong nunggang otobis. Saikine kaya wis cukup yèn dak kandhani, Yèn tumêkaku ing kutha Magelang kira-kira jam 1

Konggrès Muhamadiyah ing Surakarta

[Grafik]

Para wanita golongan Muhamadiyah, nalika arak-arakan nuju konggrès Muhamadiyah ing Surakarta.

--- 238 ---

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Tuwan Manoppo jurnalis ing Mênadho, mêntas sowan, odhènsi ing Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral, amilênggahakên prakawis ing bab anggènipun botên dipun kengingakên malêbêt ing siti wutah rahipun ing Mênadho. Aturipun wau mawi anggayut awon dhatêng Tuwan Residhèn Schmidt.

Ing têngah-têngahing kitha Pakalongan, sawênèhing griyanipun bôngsa Tionghwa kasumêrêpan katrajang ing sêsakit pès.

Up administratur ing kabudidayan Sinagar, Cibadhak nama F.W.H. Jakobs, nilar padamêlanipun, jalaran ngangge arta f 80.000. Wôntên pawartos, bilih ing sadèrèngipun kasumêrêpan, tuwan wau pancèn sampun kenging raos bab tindak lêpat, nanging botên patos kagatosakên, lan wontên wartos malih pancèn kirang lêrês èngêtanipun. Ing sapunika tuwan wau sampun katahan ing pakunjaran.

Wontên pawartos, pamulangan luhur dhoktêr ing Batawi badhe dipun dêgi griya malih ingkang cêkap dipun ênggèni ing tiyang ewah 50, jalêr èstri, lan kamar malih badhe kangge moseum anatomi. Têtiyang ewah wau badhe kangge sinau, dene moseum kajawi kangge sinau ugi nglêmpakakên punapa-punapa ingkang gêgayutan bab wau.

Ing salêbêtipun taun punika ing Dhepok, Sukabumi, Grêsik, Malang, Porêt pan dhêr Kapèlên Lahat, Mistêr Kornèlês, Muntok tuwin ing Sibolga badhe dipun êdêgi H.I.S, enggal. Kajawi punika ugi mêwahi pamulangan Mulo ing Salatiga, Magêlang, Prabalingga, P.J.S. Ngayogya tuwin Kweekschool ing Porêtdhêkok.

Sagolonganing kulawarga ing Marabahan, Banjarmasin, gadhah kalêmpakan barang-barang kina, asli saking têtilaraning para lêluwur. Anggèning ngrimati barang-barang wau kemawon sampun wontên satus taun, kalêmpakan barang wau wontên ingkang warni wadhah sêkar pursêlin, inggilipun 75 cm, cacah 2 iji, ingkang satunggal biru satunggalipun pêthak, mawi gambar sêkaran tuwin kewan. Kawartosakên barang kalih wau sampun dipun awis ing tiyang ahli bab barang kina f 5500.- kalihan f 5000.- nanging ingkang gadhah nêdya ambêkta barang-barang wau dhatingdhatêng. tèntunsêtèlêng agêng saha badhe kasade ing ngriku.

Katêtêpakên dados pangarsa landrad ing Kudus tuwin Japara, Mistêr Radèn Sastradipraja, sapunika pangarsa landrad ing Krakasan.

Ing dhusun Cibêêt, Cicalengka, wontên lare umur 8 taun dipun têtaki ing êbong, wusana salajêngipun lare wau ngajal. Prakawis punika lajêng dipun priksa ing asistèn wadana. Tiwasing lare wau jalaran saking kêkathahên anggèning ngêdalakên rah.

Wancining nyambut damêl telgram ing dintên Ngahad tuwin dintên agêng tumrap S.S. Bandhung, Batawi, Bogor, Cirêbon, Ngayogya, Garut, Kêrtapati, Malang, Mèstêr Kornèlês, Padhang, Purwakêrta, Sukabumi, Surabaya kota, Tasikmalaya tuwin Cilacap, dipun ewahi wiwit jam 7 enjing dumugi jam 5 sontên. Tumrap Solo Jèbrès jam 7 enjing dumugi jam 6 sontên.

Wiryaatma, lurah dhusun Panjatan, Adikarta, Ngayogya tilar donya, jalaran sakit namung tigang dintên. Dene bojonipun Wiryaatma inggih mêntas tilar donya, namung sakit salêbêtipun tigang dintên, lan ing sadèrèngipun ngajal mêntas anglayat dhatêng panggenaning sadhèrèk ingkang sami ngajal ugi namung sakit tigang dintên, wontên tiyang tiga. Tumrap Wiryaatma sampun kapriksa ing dhoktêr.

Pawartos saking Redhaksi

Tuwan Abduljabar, ing Ngawi. Panjurung panjênêngan sami botên kapacak. Ingkang kalih bab sampun kêlimrah kasumêrêpan, dene sanèsipun botên patos prêlu.

Tuwan S.W. Widarsa, ing Surakarta. Gambar potrèt utawi corèk sami angsal pituwas, dene ing bab waosan, kêdah kakintunakên dhatêng Bale Pustaka, botên dhatêng redhaksi Kajawèn, awit kêdah kapriksa rumiyin.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 3382 ing Pojok. Poswisêl f 1.50 tumrap kwartal 1 punika.

Lêngganan nomêr 1743 ing Purbalingga. Lêngganan kapetang wiwit 1/2-'29. Kajawèn nomêr 1 dumugi 4 têlas.

Lêngganan nomêr 1768 ing Dêmak. Lêngganan kapetang wiwit 1/2-'29. Kajawèn nomêr 1 dumugi 4 têlas.

Agèn nomêr 823 ing Cêpaga. Lêngganan nomêr 807 dèrèng ambayar. Manawi botên tumuntên ngintuni, badhe kasêtop. Panjênêngan piyambak inggih botên sagêd nampi Kajawèn lêlahanan.

Agèn ing Purwakêrta. Lêngganan nomêr 641, 688 saha 1088 dèrèng sami ambayar. Tumuntên kakintuna.

--- 239 ---

Wêwaosan

Pêpisahan 27 Taun

Karanganipun Mw. Asmawinangun ing Jatilawang, Purwakêrta.

8.

Nyonyah Hèldhêring gèdhèg-gèdhèg, tumut sumpêg ing pamikir sarêng anggagas prakawis wau. Ing kala samantên tuwan ngadêg, toya jêram ingkang kantun satêngah gêlas wau katêlasakên, tumuntên adus, nuntên nêdha sêsarêngan kalihan nyonyah tuwin anakipun, sarta sabibaripun nêdha anglajêngakên anggènipun sami ginêman. Sarêng sampun jam satêngah sanga, kados adat sabênipun Nyonyah Hèldhêring akèn dhatêng Idhah supados tilêm. Ingkang sampun, sabên dipun êkèn ing mamahipun makatên pun Idhah miturut, nanging sapisan punika botên, dipun êkèn ngantos kaping kalih, malah ngantos kaping tiga, namung mengkat-mengkot kemawon, wusana lajêng dipun pêksa kanthi têmbung sêrêng. Samangke pun Idhah ngrêtos bilih prentahing mamahipun kêdah dipun turut. Kanthi prihatos ing manah Idhah mandhap saking kursi palinggihanipun, lumampah ngênêr dhatêng kamaripun badhe mapan tilêm, nanging kala ambikak lawang dados girap-girap sarta nangis, mlajêng wangsul dhatêng panggènaning mamahipun. Mamahipun takèn. Ana apa, ana apa. Wangsulanipun Idhah: Ula.

Ana ngêndi.

Ana kamar.

Tuwan Hèldhêring botên sarantos, enggal mêndhêt têkên sarta lajêng dhatêng kamaripun Idhah, nyonyahipun tut wingking, sawêg kemawon tuwan nglongok, cêngkelak wangsul sarwi wicantên: aja milu, yèn dicakot. Jongos ana ngêndi.

Nyonyah Hèldhêring enggal ngundang jongosipun, sasampunipun mara wicantênipun: Ing kamare. noni ana ula, jongos enggal patènana.

Jongos enggal mêdal, botên dangu wangsul malih ambêkta pucukan blungkang salêngên agêngipun, tumuntên lumêbêt dhatêng kamaripun Idhah sarêng kalihan Tuwan Hèldhêring. Sawêr ingkang ngeca-eca nglêkêr wontên sangajênging patilêman dipun gêbag sarosanipun, sapisan, kaping kalih, kaping tiga, salajêngipun ngantos pêjah saèstu. Tuwan Hèldhêring wicantên: Uwis, jongos, uwis, kiraku wis mati têmênan, ula wêlang ya kuwi.

Wangsulanipun jongos: Inggih dara, punika sawêr ingkang mandi piyambak.

Bênêr, pancèn mangkono, kabare, sapa wonge kang dicakot mêsthi tiwas. Wis ta mrana, buwangên sing prênah, nèk uwis balia mrene manèh, ing kamar liyane dêlokana, bokmanawa isih ana tunggale.

Jongos botên sawala, sawêr enggal kacuthik, kabucal dhatêng lèpèn, botên antawis dangu wangsul. Sasampunipun mêndhêt dilah lajêng tumandang nitipriksa sadaya kamar-kamar, ing longan, sangandhapipun bênèt punapa malih ing sangandhapipun meja dipun tingali sadaya kanthi titi angatos-atos. Sarêng tita bilih botên wontên lajêng manggihi Tuwan Hèldhêring, wicantênipun: Botên wontên, dara.

Wis tlêsih têmênan olèhmu mriksa.

Sampun.

No Idhah, wis ora ana apa-apa manèh, mrana mapan turu.

Idhah kesah mapan tilêm, lêrêsipun taksih ajrih, nanging kapêksa nglampahi margi saking pakèning mamahipun. Jongos mundur ngrampungakên padamêlanipun.

Sakesahipun jongos, nyonyah wicantên: Pancèn wiwit awan mau Si Idhah kurang bombong atine.

Sababe apa.

Mêsthine kangên marang Prang. Pancèn wiwit biyèn mula wis dak titèni, ing sêmu Idhah ora bisa pisah karo Prang.

Apa iya.

Iya. Tandhane: wiwit ditinggal Prang, sabên dina tansah katon sêdhih, saya manèh yèn ambênêri dhewekan. Nèk koki ana ngomah, ora sapira, awit banjur kêslamur.

Iya dak dêlêng-dêlêng tumrap koki pancèn rada bisa momong bocah.

Ora mung rada bae, pancèn bisa têmênan.

Kapan , têkane koki.

Durung bisa mêsthèkake, gumantung marang kaananing anake kang ditiliki. Nèk anake ora apa-apa jare arêp gêlis bali.

Apa kirane ora arêp ngapusi.

Ngapusi kapriye.

Mêngko gèk ora bali mrene manèh.

Kaya-kaya ora, apa unine ditêtêpi.

Sing uwis-uwis, koki koblônja pira sasasine.

Limang ringgit mangan jêro. Malah saka karêpku wiwit sasi iki arêp dak undhaki saringgit manèh.

Prakara mangkono môngsa bodhoa kowe.

--- 240 ---

Jaruming èrloji nêdahakên bilih sampun jam sadasa kirang gangsal mênit, kala samantên Tuwan Hèldhêring mapan tilêm, makatên ugi nyonyahipun. Wiwit wau ing administratiran dados sêpên, namung kantun tiyang jagi piyambak ingkang pinanggih taksih linggih anyingkruk wontên sangajêngipun pawon, ewasamantên piyambakipun ugi tansah kèndêl kemawon, amargi botên wontên kancanipun ginêman.

4. Mitra enggal.

Sadalu muput Idhah anggènipun tilêm botên ngalisik. Bab wontêning sawêr botên ngantos adamêl panggodhaning pangangên-angênipun. Enjingipun jam satêngah pitu nêmbe tangi, punika kemawon mawi dipun gugah mamahipun. Sasampunipun adus lajêng sarapan, nuntên kesah ningali anggènipun tukang kêbon nyambut damêl.

Idhah pitakèn: Ing kene dipaculi arêp ditanduri apa.

Mêsthine kêkêmbangan.

O, Iya. Wah, mêsthine ing kene besuk bêcik nèk ditanduri kêkêmbangan.

Ing ngriku tukang kêbon mirêng dipun timbali ing nyonyah, wangsulanipun: Wontên punapa, dara.

Wicantênipun Nyonyah Hèldhêring : Ing dina iki kusir ora mlêbu, jare lagi lara, lha kuwi kongkonane. Kowe apa bisa makili, môngka ing dina iki dara tuwan prêlu tindak papriksa kêbon.

Aturipun tukang kêbon: Sagêd dara.

Sukur. Mrana dandana dhisik, mêngko jam wolu, dara tuwan tindak.

Inggih.

Jam wolu kirang gangsal mênit tukang kêbon wau sampun sumadhiya wontên ing sangajêngipun griya sabèndinipun, jam wolu lêrês Tuwan Hèldhêring mêdal saking kantoran têrus numpak bèndi kaputêr dhatêng margi, bablas kesah, lampahipun kados angin, tuwan piyambak ingkang ngêlisi, Dulah (tukang kêbon) ngadêg wontên bancikan wingking. Botên kacariyosakên lampahipun wontên ing margi tuwin ing padamêlan, ringkêsipun: jam satêngah satunggal wangsul. Sasampuning ngaso sawatawis dangu lajêng nêdha, jam satêngah kalih mapan tilêm siyang kados adat sabênipun. Dene Dulah lajêng nguculi kapalipun, kabêkta mlampah-mlampah murih icala kringêtipun, tumuntên dipun lêbêtakên ing gêdhogan sarta dipun pakani, wusana ngrêsiki bèndi, ing ngriku sawêg purun wangsul. Jam sakawan dhatêng malih nglajêngakên padamêlanipun piyambak. Ing wêkdal samantên pun Idhah inggih nênggani, nanging botên ngantos dangu, jalaran lajêng kesah dhatêng ngajêngan tumut lêlinggihan kalihan papah mamahipun.

Kala ngajêngakên jam gangsal wontên dhokar mandhêg ing sangajênging griyanipun Tuwan Hèndhêring, ingkang numpaki mandhap. Sintên. Botên sanès Bok Sura tuwin Atmadi. Idhah sumêrêp Bok Sura dhatêng punika bingah sangêt, enggal mandhap saking kursinipun, mlajêng-mlajêng mêthukakên sarta wicantên: Dhah koki, dhah koki. Koki têka, koki têka. Dhatêngipun Bok Sura botên ngêmungakên damêl bingahipun Idhah kemawon, ugi damêl bingahipun tuwan tuwin Nyonyah Hèndhêring.

Nyonyah pitakèn: Kapriye kabare, padha slamêt.

Atur wangsulanipun Bok Sura: Pangèstunipun bandara, inggih wilujêng.

Hla, anakmu kapriye.

Piyambakipun ugi wilujêng, namung griyanipun ingkang ical kabêkta banjir.

Nèk mung omah bae sing ilang ora dadi apa, anggêr wonge slamêt.

Inggih mila lêrês makatên. Andumugèkakên wêlinganipun anak kula, dara: piyambakipun ngaturakên gênging panuwunipun ing panjênêngan dene karsa paring pitulungan samantên agêngipun.

Padha-padha, koki.

Tuwan Hèldhêring nyêlani atakèn: Kapriye, koki, mungguh banjire, apa nyata gêdhe têmênan.

Sakalangkung dara, nitik saking tilasipun kemawon sampun kêtingal. Kula tingali sadaya padhusunan, pasabinan tuwin patêgilan ingkang wontên sakiwa têngênipun lèpèn sami risak, kandêlipun walêd anglangkungi.

Nyonyah pitakèn kalihan mandêng Atmadi: Kuwi sapa, koki.

Punika lare kèli kala bêna dhatêng, lajêng dipun tulungi anak kula.

Sing duwe anak sapa.

Botên sumêrêp dara.

Banjur, apa arêp kok êpèk anak.

Inggih makatên.

Anakmu ênggone têtulung mêsthine kanthi ngrêkasa.

Sakalangkung dara. Malah mèh tiwas piyambak. Sok mangkonoa bêbudène anakmu iku bêcik bangêt.

Bok Sura mirêng pangalêmbananipun Nyonyah Hèldhêring makatên wau namung mèsêm, lajêng cantên dhatêng Atmadi, têmbungipun: Ana kene dolanan karo dara noni, ya le, nanging aja nakal.

Atmadi botên mangsuli, amargi wiwit wau kêtingal tansah ajrih kemawon.

Tuwan Hèldhêring takon: Jênêngmu sapa.

Atmadi inggih botên mangsuli, ajrihipun kêtingal saya sangêt.

Nyonyah wicantên kalihan gumujêng: Aja ditakoni, pah, dhèwèke wêdi.

Tuwan wicantên kalihan kesah dhatêng wingking: Apa iya.

Nyonyah wicantên dhatêng koki: Sukur nèk bocah iku têrus kok rumati ana kene, kanggo kancane dolanan Idhah.

Inggih.

(Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]