Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-03, #1644

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1929, #1644
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-01, #1644. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #353.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-02, #1644 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #385.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-03, #1644 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #386.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-04, #1644 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #387.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-05, #1644. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #388.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-06, #1644. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #389.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-07, #1644 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #390.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-08, #1644. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #391.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-09, #1644. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #392.
10.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-10, #1644. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #393.
11.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-11, #1644 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #394.
12.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-12, #1644 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #395.

Ôngka 19, 24 Pasa Taun Alip 1859, 6 Marêt 1929, Taun IV

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [289] ---

Ôngka 19, 24 Pasa taun Alip 1859, 6 Marêt 1929, Taun IV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Trênggalèk

[Grafik]

Sawangan adi ing pasabinan tanah Trênggalèk, kimplah-kimplahing toya sabin ingkang kinubêng ing rêdi, kados kaca dipun wêngkoni.

--- 290 ---

Raos Jawi

Bab Kaprihatosan

Mênggahing pamanggihipun ingkang damêl gubahan: prihatos punika satunggiling têmbung nama, inggih punika namaning sawênèhipun lêlampahan ingkang dados pakarêmanipun bôngsa Jawi wiwit kina dumugi sapunika.

Bilih kasuraos mawi jarwa dhosok, têmbung: prihatos kados mêngku kajêng saha têgês: pêrih ing manah utawi pêrih ing batos, inggih punika bab pêrihing manah ingkang kanthi utawi jalaran angatos-atos. Dados sanès pêrih: pêrihing manah ingkang gadhah kajêng sêrik. Dene ngokonipun: prihatin, ugi gadhah têgês: pêrih ing ati. Wosipun: sadhengaha tiyang ingkang tansah ngêmênakên dhatêng ulah kaprihatosan, punika mracihnani bab kasungkêmanipun mênggahing Pangeran, ngadat ingkang sampun tiyang makatên wau kasinungan watak sae, sirik lampah dudu. Dhasar tumraping lampah kaprihatosan dede thuk-thukanipun, pramila sadaya kalakuan ingkang awon lajêng kasirik, awit inggih kalakuan awon punika ingkang dados rêncananing lampah. Cêkakipun: ulah kaprihatosan punika satunggiling kalakuan ingkang èdi saèstu, tur taksih mungguh katindakakên tumraping tiyang ingkang ahli budi, dene lèrègipun dhatêng panalôngsa utawi pamêlêng.

Ing nginggil sampun kacariyosakên, bilih prihatos punika satunggiling lêlampahan ingkang dados pakarêmanipun tiyang Jawi wiwit kina dumugi samangke, dados botên sok tiyanga ingkang kadugi nindakakên, jalaran kajawi saking awratipun cak-cakaning lampah wau, pancèn tumrap jaman sapunika botên patosa dipun têngênakên, nanging ugi taksih tumindak namung sawatawis. Beda kalihan nalika ing kina têtiyang Jawi karêm sangêt, awit mangrêtos bilih lampah kaprihatosan sapiturutipun wau kaupamèkakên satunggiling tataraning panggayuh tumrap babagan lair utawi batos. Dene lampahipun kanthi sêsirih.

Ewasamantên saking pandugi kula: bab punika kados ugi taksih nama mungguh dados isining Kajawèn, jalaran ingatasipun tiyang Jawi taksih prêlu ngudanèni, awit ing ungêl-ungêlan Jawi sampun wontên: manawa kurang prihatine adoh drajate, sabab wong kurang prihatine adhakan sok weya sêmbrana, tansah ambêk mangun suka, kaduking suka parisuka yèn kalantur kurang prayoga. Saking punika ingkang kathah lajêng botên ngèngêti bilih sawarnining kawontênan ing donya punika mawa watês (botên langgêng). Malih: ambokmanawi para nupiksa sampun nate midhangêtakên têmbung purwakanthi ingkang ngêmu piwulang makatên: aja suka-suka nêmu duka, aja bungah-bungah nêmu susah.

Kapirid saking ingkang makatên wau manah kula saya grêngsêng sangêt badhe nêrusakên orean punika, [puni...]

--- 291 ---

[...ka,] wosipun botên liya murih dadosa pasrèning udyana sarta sinau ngulur-ulur manah bundhêl, bokbilih wontên ingkang sudi ngraosakên manjinga namung wêwaosan kemawon sawatawis, botên sêngaja ngoncorakên kawruh, bawanipun tiyang tuna ing budi badhe ambontosakên dêdungkapan kados ing ngandhap punika:

Ing ngajêng sampun kacariyos bilih ulah kaprihatosan punika lèrègipun dhatêng lampah kanalangsan, panalôngsa ingkang anggarantês sangêt bontosipun dhatêng pamêlêngan. Inggih punika bêktaning pêrihing batos wau.

Mênggah tiyang nglampahi panalôngsa punika sajak mêmêlas sangêt, tumrap sadaya tiyang ingkang mulat tamtu gadhah pangintên bilih tiyang wau ngêmu susah ingkang nglangkungi. Mênggah wiwitanipun jalaran gadhah panggayuh utawi sêdya punapa-punapa ingkang dèrèng kadumugèn, mila ing manah lajêng tuwuh panalôngsa. Tiyang nalôngsa rumaos sampun kapêpêtan margi ingkang botên sagêd minangkani murih kasêmbadaning sêdya. Upami kados manggèn ing samadyaning pêpêtêng, sakathahing pambudidayanipun murih pikantuk kawêwêngan. Nanging ing pamanah: sadaya manungsa, kewan-kewan punapadene têtuwuhan botên badhe sagêd mitulungi, agêngipun suka bêbuka dhatêng urubing sêdyanipun wau. Pramila lajêng rumaos bilih piyambakipun manggèn ing sangandhaping sadhengah titah, sabab dening kantun utawi kasoran sangêt tinimbang sasamining agêsang ingkang kasêmbadan sêdyanipun, ing ngriku pangraosipun kadosdene tiyang kasiku jalaran gadhah dosa warni-warni.

Kabêkta saking panalusur utawi pamboboting manah ingkang samantên wau, tiyang nalôngsa ngantos kawawa nyirnakakên karêntêging pêpenginan badhe: mangun suka, ngêrèh, mêngku, nyuwara, nanggapi ginêm, mada, maido, madoni, jail, muthakil, drêngki, srèi, panas, srakah, kêthaha, angkara murka, ngôngsa-ôngsa, êdak, ladak, sumugih, gumêdhe, kumingsun, kumlungkung, culika, cidra, dahwèn, salah opèn, jubriya sasaminipun punika babarpisan botên kadunungan ing wêkdal samantên. Cêkakipun sawarnining tindak tanduk, solah-bawa tuwin muna lan muni tansah ngangkah kêdah sumingkir saking nama awon, malah nyabawa, mèsêm utawi gumujêng punapadene dumugi ebah kemawon sampun botên, ingkang kantun namung sarinipun, inggih punika tansah sarwa prasaja, saha malih kalimrahanipun dêdunung ing pasêpèn (miyambak) patrapipun kèndêl, dados prasasat kenging ugi katêmbungakên: ngomplang kadonyan, botên angraosakên sakathahing kawontênan lair, awit sadaya gumêlar punika babarpisan botên wontên ingkang mathuk dhatêng pamikiripun, ingkang wontên namung rumaos dosa saha kuciwa, pramila ing cipta maligi namung tansah kêkêjêr nyuwun pitulung saha pangapuraning Pangeran, sarta tansah ngrêdatos (ngêrês ing batos = mêrês batos), ingkang kaèsthi namung mugi sagêda angsal wêwêngan saking daya gaibing batos. Ing ngriku sangêt muluking cipta ingkang tansah kêkêjêr pados wêwêngan wau, sagêd pikantuk ijabah utawi botên gumantung ing kasantosanipun ingkang tumindak utawi gumantung ingkang paring ijabah.

--- 292 ---

Prakawis awrating ulah kaprihatosan utawi kanalangsan, sagêd katitik saking andharan ing nginggil punika, nanging yêktosipun punika dede prakawis ènthèng, ingkang limrah pinanggihipun ingkang kadugi ngêcaki inggih punika tiyang ingkang sampun umur, ing pamanggih manawi kirang umur adhakan kirang mungkul, sabab dening kathah rubedanipun ing lair utawi ing batos ingkang sagêd anjugarakên adêging pamêlêng, sisip sêmbir sagêd nyuda kasarasaning èngêtanipun tiyang ingkang botên kuwawa.

Dumunungipun sadaya andharan ingkang sampun kacariyos ing nginggil, wosipun namung mèngêti kawruh Jawi, dene yèn kaencokakên dhatêng lampahing tiyang ing jaman sapunika kenging kangge pêpiridan sawatawis, dening ulah prihatos saha panalôngsa wau sagêd nênuntun dhatêng saening wêwatêkan, tandhanipun nyirik sadaya lampah awon, lajêng kacundhukakên malih dhatêng pêpacuhipun sawênèhing agami supados anglampahana siyam (panas) têgêsipun sêsirih (kajawi nglêluri lêlampahaning nabi panutan). Pramila sêsirih raosipun sampun cècèg kalihan lampah kaprihatosan wau. Dados inggih sampun layak kemawon bilih bab punika dados pakarêmaning tiyang Jawi kina dumugi samangke.

Sapunika langkung trawaca malih yèn lampah ingkang kasêbut nginggil sagêd nênuntun kasaenaning wêwatêkan sarta bêbudèn, katitik saking wontênipun tiyang ulah makatên wau ngêmohi dhatêng sadaya pamanah tuwin pratingkah awon, kados ingkang kawêdhar ngajêng. Kajawi saking punika, lampah wau kalêbêt anggêgulang dhatêng kamungkulan tur botên angrêndhêtakên kamajêngan, malah kenging winastan bantêr sangêt, dene kaconggah nyêrang lampah ingkang langkung awrat. Nanging manawi rinaosakên ingkang sayêktos sarta kaanjingakên dhatêng pakantukipun, manungsa ingkang nalôngsa prasasat musthi sanjata ingkang linangkung, tur inggih nalôngsa punika ingkang minôngka pamungkasing lampah. Makatên dhawuhipun para nimpuna ingkang widagdèng budi.

Wasana sadaya kasisipaning tindak kula nyuwun gunging samodra pangaksama dhatêng para nupiksa.

Nirrasa.

[Grafik]

Mênggahing bab ngingah tawon, tumraningtumraping. bôngsa Jawi sampun kêlimrah sangêt, nanging limrahipun wau namung kangge sambèn dados tawon undhuhan, kandhangipun wontên ing glodhog. Nanging tumrap ingkang kangge panggaotan, pamrêdinipun murih tawon wau karaos manggèn, dipun damêl galodhog, ingkang wujudipun kados ing gambar, punika glodhog damêlanipun Tuwan Kutsche ing Nôngkajajar, sacêlakipun Lawang.

--- 293 ---

Bab Panggulawênthah

Panggulawênthahing Manah, Tiyang Sêpuh Utawi Anak Turunipun, Sagêda Sumêrêp ing Kamanungsan saha ing Kautamèn

Sambêtipun Kajawèn nomêr 18

[Sinom]

wong anom padha ngrasakna / carita ing dhuwur iki / minôngka pakêming janma / kang wus padha asêsiwi / wondene kabèh sami / gayuh geyenganinggeyonganing. manus / kang kocap ing jro sarak / pêpalining para janmi / têtuladan wong tuwa têkaning putra //

wit wong tuwa sajatinya / wit-witan upamanèki / nadyan subur uwitira / nanging oyodira kaki / dèn môngsa urèt sami / padha tugêl sarta gapuk / nadyan bêcik uwitnya / yêkti rontog godhongnèki / nora wurung wite ambruk dadi rusak //

yaiku sanepanira / wit-witan môngka palupi / gêgambaraning pra janma / kang tan adil marang siwi / rêmuk datan mindhoni / mawut-mawut têmahipun / iku sangsaranira / wong tuwa tan ngrutingrukti. siwi / kêduwunge besuk yèn wus praptèng lena //

anyidrani turunira / têgêse datan ngrahabi / anak pan padha siniya / kang sugih dipun pêraki / lan maning dadya pyayi / iku kang sarwa ingugung / yèku wong kaluputan / tan wruh ukumirèng Widhi / yèn nampani pidana ywa takon dosa //

iki kang ingaran nraka / nraka donya ananèki / yèn anak putu tan bisa / sayuk rukun lan sudarmi / sayêkti bisa dadi / dêdalane mawut-mawut / nora wurung sangsara / ginaguyu sakèh janmi / iya iku turune wong kang tan tata //

sapa kang sinêbut ala / jaba kang wus padha lalis / kang wus pinêndhêm ing kisma / kang patrape angrês-rêsi / dene mêksa ngatuti / kêlèt anèng turunipun / iku basane ana / wong mati anêninggali / gawe wisa sakabèhe turunira //

beda karo wong utama / panatane mring pra siwi / bisa adil lan prasaja / tan ana nlisir sanyari / adil tur amratani / marang anak turunipun / yèku kang jênêng tuwa / kuwawa ananggulangi / ati ala binuwang ywa kongsi cidra //

dene ta wit kang ngrêmbaka / oyod uwit godhong sami / kêmbang pêntil uwoh êpang / kang bisa subur mêpêki / rinêksa mring pra janmi / kang tiba mung kleyangipun / yèn rêgêd rêsikana / sinawang katon ngrêsêpi / apan dadya pêpenginan sakèh janma //

yaiku sanepanira / manungsa kang wus utami / ngêgungkên mring paramarta / prayitna ing lair batin / têtêp aran sudarmi / mangayomi marang turun / dimèn padha waspada / nênulad laku kang bêcik / run-tumurun uripe padha widada //

anak putu padha trêsna / wit kapranan sing sudarmi / kang ngantêp tekad utama / sêtya tuhu lair batin / anuhoni mring janji / eklas sakabèhing laku / laku kang datan sasar / lan manèhe tindak juti / padha kalis wit karsaning Hyang Wisesa //

mungguh swargane wong tuwa / yèn nyawang kang ponang siwi / miwah putu buyutira / sayuk rukun mring sasami / tan ana nyulayani / mung tansah lulus rahayu / rumêksa mring pra kadang / miwah tôngga mitra sami / sajêg-jêge linulutan [li...]

--- 294 ---

[...nulutan] mring pra janma //

yèku kang ingaran swarga / swarga donya kang sayêkti / wong tuwa tansah lêgawa / padhang praptèng sanubari / lir jagad kang upami / kang tan rinubung ing mêndhung / rêsik gasik tan ana / kajaba wujud sawiji / iya iku hyang surya myang sorotira //

kang mangkono iku tôndha / manungsa kang wus udani / mring lakuning kamanungsan / kulina tindak utami / yèku môngka palupi / yèn sêtya switèng Hyang Agung / lulus ing gêsangira / gêsang donya gêsang akir / ywa kataman sambekala salaminya //

kang ingaran sambekala / dudu lara miwah pati / dudu mlarat myang papanya / dudu tôngga myang pra siwi / mung saking jroning ati / kang tan têntrêm sajêgipun / tansah rinusak samya / tarlèn mung nuruti eblis / iya iku kang ingaran sambekala //

sajatine eblis ika / kang tumèmpèl jroning ati / dumunung nèng pôncadriya / dudu ati sanubari / yèku ati kang nlisir / kang gèndèng mring tindak dudu / lire dudu punika / kang gawe kiyanat sami / ewan dahwèn colong jupuk laku cidra //

mula ywa kongsi mangkana / ngilangana laku juti / myang tindak angkara murka / kang tansah ngênêk-ênêki / mring sanak mitra sami / sira kang bisa akumpul / aja agawe cuwa / lan gawe rusak sasami / angudia bisane urip sêmbada //

sunaring hyang suryakala / parmaning Hyang Suksmajati / dimène padha rumasa / sasmitanira pra janmi / trajuning jagad iki / ingkang minôngka panuntun / dene kaanan ika / samya makarti mring janmi / jamblang kabèh tan ana ingkang sulaya //

bêbudèn kang wus waspada / ngawikani lair batin / wèntèhe kanang wasita / gêgulangên ingkang lantih / nunggala sêdya jati / kinira kang bisa patut / duling sêdya kang nyata / yogya abênêr lan bêcik / jajalane anganthi mring kautaman // (Badhe kasambêtan)

Supardisastra.

[Grafik]

Ing gang Cêmara, Batawi mêntas wontên kêbêsmèn agêng, kathah tiyang ingkang sangsara jalaran kecalan bôndha tuwin griya, nanging lajêng angsal pitulungan kadamêlakên griya los, saha angsal pambiyantu dening pitulunganing ngakathah, malah wontên rancangan, têtiyang wau badhe angsal pitulungan arta kangge damêl griya saking Jubileumfonds.

--- 295 ---

Jagading Wanita

Padamêlan Umum, ingkang Kenging dipun Tindakakên dening para Wanita Sadaya

Bab padamêlan umum, ingkang sagêd dipun tindakakên dening para wanita, têgêsipun, padamêlan umum punika padamêlan ingkang migunani ing ngakathah, upaminipun ngrencangi padamêlan pangajaran, ngrencangi ngadêgakên lan maragadi poliklinik, lan sanès-sanèsipun. Mênggah padamêlan wau ingkang nama agêng piyambak, padamêlaning biyung ingkang nênuntun anakipun. Nanging bab punika botên badhe kula andharakên panjang. Kula sangêt suka sukur dene para wanita ing jaman sapunika sampun sagêd ngatingalakên kasagêdan lan ngêdalakên kêkêndêlanipun. Ingkang makatên punika mugi ing têmbe sagêda damêl kamajênganing wanita. Awit tiyang èstri ingkang majêng, ingkang mangrêtos bêtahipun anak, têmtu sagêd tumut ngajêngakên nagari wutah rahipun. Môngka tiyang èstri punika ingkang kathah taksih nandhang rêribêd kemawon. Inggih tumrap ingkang ragi ombèr panggêsanganipun botên patosa ngraosakên rêkaosipun tiyang pados têdha, sarêng tiyang èstri pakampungan tuwin padhusunan, kados punapa anggènipun ambanting raga murih anakipun botên ngantos kalirên. Lare pakampungan lan padhusunan punika limrahipun wiwit lair sampun nandhang sangsara. Biyungipun salêbêtipun wawrat tansah kêpêksa nyambugnyambut. damêl kemawon. Sanajan sampun lèkipun bayi, tarkadhang inggih taksih nyambut damêl rêkaos. Mangke sasampuning manak, dèrèng ngantos sawulan, pun biyung sampun kêpêksa nyambut damêl malih. Dèrèng dumugi anggènipun ngasokakên badan, sampun kangge rêkaos malih. Ingkang kathah biyungipun bayi nyambut damêl ing sajawining griya, ing sabin, ing pêkên utawi dados rencang. Sampun tamtu lare ingkang taksih lêmbat lan ringkih wau botên patosa kopèn ing griya, saya malih manawi dipun bêkta nyambut damêl dhatêng pundi-pundi. Lan malih tumrap sangsaraning lare ingkang botên dipun opèni ing bapa, pun biyung kêpêksa pados têdha. Tarkadhang pun biyung botên gadhah arta kangge nyandhangi bayi ing sacêkapipun, punapa malih kangge tumbas têdha bayi, ingkang murugakên sarasing badan.

[Grafik]

Ngêdusi lare cara kawruh kadhoktêran.

Kados inggih sampun nate wontên ingkang priksa dhatêng kawontênanipun tiyang manak ing kampung, popok tuwin sandhangan pating srompal, papan patilêman lare kados susuh, lan sanès-sanèsipun. Pun biyung inggih botên kopèn.

--- 296 ---

Sakêdhik kemawon botên wontên tandhanipun, manawi ingkang sami ngopèni punika ngrêtos bab dadosing ilmu kasarasan. Ingkang kathah tiyang manak ing pakampungan lan ing padhusunan, botên nate kapitulungan ing dhoktêr utawi Vroedvrouw, nanging ingkang kathah dipun pitulungi ing dhukun.

Môngka sapintên ta kawruhipun dhukun bab kasarasan, lan sababipun punapa dene têtiyang dhusun awis-awis nêdha pitulunganipun dhoktêr utawi Vroedvrouw, punapa saking botên pitados, utawi punapa saking ajrih. Bab punika kula sampun nate takèn dhatêng Mej. Marie Thomas, dhoktêr èstri sapisanan wêdalan Stovia, panjênênganipun ngandika ing bab padamêlanipun makatên: Kula rumiyin nyambut damêl ing Cirêbon, môngka ing ngriku kula namung dipun bantu Vroedvrouw satunggal kangge sakitha. Anuju satunggiling dalu kula dipun tèlêpun wêdana saking dhusun dipun têdhani tulung mitulungi tiyang èstri. Kula lajêng bidhal, dalu-dalu dumugi ing kawêdanan wau têrus kesah dhatêng panggenanipun tiyang èstri wau, griyanipun andhêlik wontên dhusun. Sadumugi kula ing ngriku jêbulipun ingkang badhe kula garap wau namung prakawis limrah kemawon, botên nganèh-anèhi botên barang. Nanging kula botên sêrik botên punapa, dipun têdhani tulung dhatêng panggenan têbih tur wanci dalu. Malah bingahing manah, dene tiyang dhusun kemawon sampun gadhah kajêng nêdha pitulungan dhoktêr. Pancèn nalika kula nyambut damêl wontên ing Cirêbon, kêrêp mêningi, tiyang-tiyang ing dhusun nêdha tulung kula lumantar priyantun bêstir. Punika nama pranatan ingkang utami. Bêstir kenging kaupamèkakên krêtêgipun tiyang dhusun, manawi badhe murugi dhoktêr. (Badhe kasambêtan)

Siti Maryam.

Sungkêm

Gawatipun têmbung Jawi botên kenging dipun gêgampil anggènipun nêgêsi, punapa malih suraosipun sangsaya angèl sangêt, amila kathah ingkang nyamut-nyamut panyuraosipun, cacak namung têmbung sungkêm, nanging mêksa kathah mlèsèdipun dipun suraos. Amila sabên badhe wulan puasa kula lajêng kèngêtan têtiyang kathah ingkang badhe caos sêmbah sungkêm dhatêng wajibipun. Dene anggèn kula sabên-sabên kèngêtan wau jalaran saking dèrèng andungkap jarwanipun têmbung wau ingkang gumathok, wontênipun namung judhêg thok, dene kok tiyang kathah sami sungkêm dhatêng ingkang dipun wajibi. Amila sapunika mupung ing Kajawèn sawêg angginêm têmbung wau prayogi lajêng dipun rêmbag pisan ingkang sagêd dados pamarêming ngakathah, nanging panyuwun kula panjênênganipun sadhèrèk Menco ing Surakarta tuwin sadhèrèk Pak Jaya ing Pajawaran, Banjarnagara, krêsaa urun udhu ing sakaparêngipun angrêmbag bab têmbung wau. Sanadyan ing Kajawèn ôngka 10-11 sampun katêrangakên sang minulya Tuwan Kandhiyur, nanging

--- 297 ---

katêrangan wau dèrèng patos gumathok, kados ta:

1. sungkêm atêgês manut miturut. | 2. sungkêm atêgês trêsna. | 3. sungkêm atêgês pasrah. | 4. sungkêm atêgês pitados. | 5. sungkêm atêgês angluhurakên.

Gangsal têmbung ing nginggil wau, saèstunipun kirang andadosakên pamarêming ngakathah, amila têmbung ingkang dèrèng cundhuk têgêsipun dipun prakosa kangge ngulur nalar samantên kathahipun lajêng karaos jondhilipun sangêt dhatêng wosipun ingkang karêmbag. Amila têmbung Jawi pancèn angèl sangêt dipun gagapi.

Dene pamanggih kula têmbung sungkêm, manawi miturut suraosipun, saha kanggenipun sabrèbèt durèn atêgês: mantêp. Amila manawi wontên ungêl-ungêlan Si Suta, sêmbah sungkême mênyang Si Naya katara bangêt. Dados pun Suta anggènipun gadhah sêmbah mantêp sangêt.

Ôngka 5 têmbung: angluhurakên, saking pamanggih kula inggih punika sêmbahipun sok tiyanga dipun sêmbah sampun nama dipun luhurakên, sanadyan sêmbah wau pados pêndhok pisan, nanging sampun katawis angluhurakên, amila kêdah botên mathuk kangge nêgêsi sungkêm, bab ing nginggil wau lêrês lêpat namung gumantung ingkang sami krêsa ngraosakên.

Darsana, Blitar.

[Grafik]

Para maos kados dèrèng kathah ingkang uninga dhatêng cêthaning kawontênanipun mêsin mabur, saya malih mênggahing pabrikipun. Ingkang makatên wau kados botên ing tanah Jawi kemawon, sanadyan ing nagari Walandi, limrahing ngakathah sawêg sumêrêp dhatêng wujudipun, awit ing nagari Walandi dèrèng wontên pabrikipun piyambak. Nanging ing sapunika ing nagari Walandi ugi ngêdêgakên pabrik nama Avrolanda, dene gambar ing nginggil punika gambaring mêsin mabur marinê Indhia.

--- 298 ---

Waosan Lare

Bocah Kêmbar

XXX. Pak Miskin Nêmu Pati Mulya

[Pocung]

wiyèse mungkur kyai patih bali matur /Lebih satu suku kata: wise mungkur kyai patih bali matur. mênyang ing sang nata / lan krasa rasa ing ati / nganti sêrêt swarane mèh ora cêtha //

jêng sinuhun mênggah king kaparêngipun / pun bapak punika / nama anganèh-anèhi / dene lumuh namung kapurih sakeca //

kula gumun ngantos botên sampun-sampun / gèk pados punapa / gadhah anak ratu patih / bok padosa ing pundi môngsa wontêna //

kaya gêtun sang aprabu iya ngungun / tumuli ngandika / ananging ta thole patih / ing wajibmu mung kudu ngêmong wong tuwa //

awit mungguh ing panêmu ora jumbuh / pikiring sapadha / kuwi bae bok kopikir / yèn si paman ing bungahe ora kira //

barêng wêruh aku kowe banjur kisruh / kaya ora kuwat / ngrasakke gêdhening pikir / ing mêsthine atine malah rêkasa //

nganti jujul karo uwong ora kumpul / mung saka rumasa / ora ana sing madhani / kana kene panggonane ora ana //

banjur gathuk pamanggihe bapak mathuk / gone ora karsa / sarirane dipêpundhi / bokmanawa anjêjaga owahing karsa //Lebih satu suku kata: bokmanawa anjaga owahing karsa.

karo aku barêng diwêlèhke mau / atiku ya krasa / yèn ta wibawaku iki / sabênêre mung kêtêmu kalamôngsa //

awit aku ya kêna luputing laku / lan yèn nuju lara / upamane masuk angin / ing rasane ora beda dhèk samana //

ngono mau dadi mungguh kaananku / yèn tagtak. gathukêna / karo pamanggihe kyai / tinêmune iya jênêng padha-padha //

yèn kêbacut aku lali jênêng luput / dosa nyang wong tuwa / nanging yèn ta angèlingi / ing luhurku bapa dadi sambekala //

awit mungguh uwong mung sarwa pakewuh / kaya ta wong tuwa / yèn ta nganti diêmohi / wêwêlake bakal nêkakke cilaka //

wuwuh-wuwuh yèn anduwèni pakewuh / gêdhene nyawiyah / wis mêsthi bakal malati / bêbasane angrumati Kuran bubrah //

dadi mungguh sing tak arani pakewuh / ucaping wong liya / ing unine sok mung miwir / ala bêcik mung dadi kêmbang suwara //

ngono mau thole mungguh panêmuku / ing sabisa-bisa / aja kêndhat aniliki / lan ngênuta sakarsane bapak kana //

lan yèn mungguh bapak arêp karsa rawuh / ajaa kagungan / ewah-ewuhing panggalih / yèn ing kene ora ana apa-apa //

wiwit mau ki patih tansah lumintu / tilik mênyang desa / kalane yèn nuju sêpi / saya ketok gone trêsna mênyang bapa //

yèn pinuju iya karo sang aprabu / rawuh sêsidhêman / nanging mung yèn wayah bêngi / tarkadhangan nganti byar lagi bubaran //

--- 299 ---

sang aprabu bangêt karênan anuju / sawijining dina / rawuh karo kyai patih / ambênêri tanggale kaping patbêlas //

wayah surup rêmbulane uwis mungup / cahyane apadhang / maratani ngêndi-êndi / nadyan desa sing sêpi padhange padha //

ing dhèk mau Pak Miskin linggih nèng salu / ditokke nyang latar / ngadhêp upêt kêlip-kêlip / karo udut wêtuning kêbul katara //

banjur krungu karêsêkke wong malaku / tumuli disapa / sapa ya apa dèn patih / o ya iya lha rewangmu kuwi sapa //

o sang prabu ayo ah padha malêbu / bêngi ana nglatar / kêna adhêm ora bêcik / ing mêsthine rak padha kurang kulina //

sang aprabu angandika tungtung guyu / dene kados bocah / kuwatos yèn masuk angin / sampun bapak lênggah ing ngriki sakeca //

Miskin guyu alon anggone calathu / yèn mungguh wong tuwa / pangeman mêsthi duwèni / aja manèh entuka yèn nganti lara //

sanadyan mung awake dicokot lêmut / kaya milu krasa / rasa kang mangkono kuwi / salawase dumunung ana wong tuwa //

lan anakuanakku. karo kowe kabèh iku / tansah eling cêtha / kaya ta sang nata kuwi / dhèk cilike golongane ya ringkihan //

yèn kêladuk mêlèk banjur dhêmên ngantuk / yèn suwe nèng jaba / kalane ing môngsa bêngi / iya banjur dadi jalaraning lara //

beda iku radèn patih panyawangku / wiwit cilik mula / rada kalis cacing krêmi / mung warase rada marakake drêmba //

gêr gumuyu ki patih karo sang prabu / nuli angandika / sang prabu lan nyawang patih / satêmêne patih awakmu katara //

Miskin tutur o sinuwun yèn tak catur / mêsthi kaya crita / ing bab kaananmu kuwi / dhèk cilikmu sasat mung kêbak lêlara //

sing kêtêmu barêng waras ketok lêmu / banjur kalis sabab / nganti têkane saiki / mula aku mung sukur mênyang Pangeran //

wong ora wur iya êmung urun sêmbur / sang prabu ngandika / o kêlangkung kula pundhi / ambrêkahi dhawuh pujining wong tuwa //

nganti esuk kêsundhul ing jago kluruk / tumuli bubaran / krasa kumênyut Pak Miskin / wêruh mênyang anak padha pêpamitan //

nganti jujul ananging banjur tumungkul / nangis sêsênggrukan / kaya ana sing dipikir / wêkasane seje dina dadi lara //

gone mak nyut eling dene ta kêbacut / kaduk gêguyonan / nganti kaya nyasmitani / yèn le bungah dadi bungahing pungkasan //

wayah surup Pak Miskin wis mapan krubut / larane kêrasa / kaya rêkasa nêrusi / ewadene atine têtêp santosa //

malah êmung pangrasaning ati suwung / ora eling mênyang / anak dadi ratu patih / mung barêng ing bêngi krungu ana swara //

kula nuwun pak punapa sare sampun / Pak Miskin nyuwara / mung kêrungu dhèhèm lirih / dhêdhayohe banjur anyêdhaki mara //

gapyuk ngrangkul karo angungkapi kêmul / Pak Miskin anyandhak / tangan têngên dhayoh siji / sing sijine dirangkul ing tangan kiwa //

karo watuk o sang nata aku huk huk / lara wis rêkasa / ayake

--- 300 ---

wis arêp bali / karo kowe patih kari salamêta //

mak nêt sêru ki patih karo sang prabu / dirangkul ing dhadha / karo padha diambungi / ing wusana Pak Miskin wis ora ana //

sang aprabu banjur lênggah lan ing sêmu / rada kaca-kaca / mangkono uga ki patih / nganti ketok sêsêging napas atundha //

ing dhèk mau nuli ngandika sang prabu / patih bêcik enggal / kowe tumulia bali / anggawaa punggawa ing sawatara //

ing karêpku saiki tak gawa mlêbu / mênyang ing nagara / apa manèh sing dipikir / wis ta ayo barêngan ngabêkti padha //

pating sênggruk sang prabu nyungkêmi mak bruk / lan ki patih iya / sawise rampung ngabêkti / enggal-enggal bali mênyang ing nagara //

wayah esuk punggawa wis ketok mak byuk / agêlar sapapan / sawise budhal tumuli / gêgêlakan tumindak laku nagara //

ing dhèk mau sanalika banjur krungu / wong-wong sanagara / yèn ing karaton saiki / ana gawe gêdhe rama nata seda //

cag-cêg rampung dalah têkan lurung-lurung / uwis ana tôndha / wong padha labuh prihatin / nganti nyênyêt anane jroning nagara //

nata dhawuh ing yake saiki mungguh / bapak tak sarèkna / anèng pucak gunung bêcik / ing panggonan tilas kadhatoning naga //

nuli ibut ki patih dhêdhawuh brubut / nanging tanpa swara / kabèh mung klêsik-kalêsik / sakabèhe tumindak rikat prayoga //

wise mathuk rampung tata tapih munjuk / unjuke têtela / nanging sarwa sarèh lirih / jêng sinuhun sampun mirantos sadaya //

nuli dhawuh ayo kono aja ewuh / padha rahabana / bêcik budhalna tumuli / banjur budhal lakuning layon lon-lonan //

sang aprabu sarat ngasta banjur mlêbu / uga tata-tata / kaparêng arêp angiring / nanging êmung manuki saka kadohan //

sing kêbubuh ki patih abangêt saguh / ketok dhangah-dhangah / nunggang jaran anindhihi / bola-bali ibut tansah mrene-mrana //

karo nyaru yèn ana sing clathu sêru / têmbunge kapenak / kônca sing rindhik sing apik / aja nganti awakmu dadi rêkasa //

ing dhèk mau kyai patih taksih ithu / kanthi ambarabak /sadhela-sadhela sisi / saka susah gone ditinggal wong tuwa //

nuli mundur bali anyaosi atur / mênyang ing sang nata / sing kêkinthil ana buri / dhawuh nata iya thole sing prayoga //

nyêkak catur mung murih aja ngêlantur / ing sawise têkan / kadhaton naga tumuli / layon banjur dikubur ana ing kana //

wiwit mau misuwuring asma prabu / malah saya ngambar / nadyan anake Pak Miskin / sing nurunke malah muluk têkan swarga //

dene mungguh pakolèhing crita ewuh / yèn diaranana / wulang ora pisan mirib / êmung rada kêna digawe carita //

nuli grudug nunggang kreta gludhag-gludhug / mênyang ing Pacinan / tuku kacu cu - thêl uwis / kêmbang arèn lèrèn anggone carita //

--- 301 ---

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral mriksa tambak-tambak ulam ing Luwarbatang, Batawi, ingkang sapunika sampun dipun dandosi, kangge pigunaning kasarasan, tuwin mariksa tambak ing Ancol, dipun dhèrèkakên ing up insinyur Levert Dr. Van Breemen, Dr. Walsch, Dr. Winckel tuwin sanès-sanèsipun. Kawontênaning tindak cobèn-cobèn wau sampun kêtingal pigunanipun.

Pulisi mêntas sagêd manggihakên cihna barang-barang awarni èrloji mas 9 iji dalah sarantenipun ugi mas, asli barang kadurjanan saking pagantosan nagari ing Bogor, Campeya tuwin Purwakarta, dene barang awarni sêsupe-sêsupe êmas kakintên sampun dipun lêbur.

Pirma Geo Wehry & Co. ing Batawi, mêntas nyobi pirantos kangge mêjahi latu kêbêsmèn, pirantos wau isi koolzuurstof warninipun kados bubukan karbit. Panyobinipun sakawit kangge mêjahi bènsin saêblèg kalêson ing margi asumêdkasumêd. murub ngalad-alad, lajêng pêjah, lajêng mêsin prah oto dipun soki bènsin kasumêd, ingkang lajêng pêjah, kaping tiganipun, kajêng tuwin sukêt garing dipun siram ing bènsin kalihan tir, lajêng dipun sumêd. Ing ngriku wontên tiyang sakawan migunakakên pirantos wau, ing dalêm 17 sêkon kemawon latu sampun pêjah.

Klèrêk dhepartêmèn pangajaran ing apdhèling komtabilitèit, nama Filon katahan ing pakunjaran, jalaran nyalingkuhakên arta f 3000.-

Opsihtêr ing Nusakambangan, nama J. Weeda tiwas jalaran dipun suduk ing pasakitan. Mulabukanipun tuwan wau misah pasakitan nuju kêrêngan, wusana lajêng dipun suduk.

Jalaran sampun cêlak kalihan môngsa malêman ing Ngayogya, pulisi wiwit nata pajagèn, padatan ingkang rame ing Kuthagêdhe, Imagiri tuwin pasisir kidul, ing panggenan-panggenan wau kathah têtiyang sami tirakat.

Rêsèrsê ing Sêmarang nyêpêng tiyang nama Basuki aliyas Dulah, satunggiling panuntun komunis ingkang damêl ura-uru ing wulan Juli 1927. Kêcêpêngipun wau wontên ing griya sakit leprah ing Plantungan, sampun cêpêng damêl.

Sêrat kalawarti Jangêt mêntas ngêdalakên nomêr Dipanagara, kangge amèngêti sedanipun pangeran wau.

Tiyang èstri nama Kartataruna, ing kampung Natabratan, Ngayogya, gadhah anak mêdal tiga, eman dene lajêng ngajal sadaya. Tiyangipun wilujêng.

Wontên pawartos, ing bab konggrès P.N.I. ingkang badhe dipun wontênakên ing Ngayogya benjing wulan Mèi ngajêng, badhe dipun sandèkakên, dene saèstunipun badhe dipun wontênakên ing Batawi benjing ing dintên agêng Pinksteren.

Kawartosakên, bilih botên adamêl pakèwêding rantaman, badhe wontên usul supados angandhapakên prabeya pos, ingkang rumiyin 12½ sèn, namung 10 sèn. Sudan wau badhe ngirangakên asil praja sayuta rupiyah.

Tuwuhing pulo Krakatao ingkang dipun namakakên anak Krakatao, kala tanggal 20 wulan punika dipun inggahi saha kapriksa ing Tuwan W. Petroeshevky.

Gêmintê Batawi badhe nyade griya-griya gêmintê, kajawi griya-griya ingkang kangge prêlu sanès, saha lajêng badhe nêtêpakên warga gêmintê ingkang kakuwaosakên nyade.

Tiyang nama Yusup, ing dhusun Gêbang (Babakan) Cirêbon, sakit bêntèr sangêt, lajêng mêndhêt lading kangge nyudhèt wêtêngipun piyambak kaping kalih, wusana kabêkta dhatêng griya sakit Cirêbon.

Tiyang nama Weyot ing dhusun Suranênggala lor (Cirêbon) nuju sawêg pados ulam, dipun cakot ing sawêr. Sanalika ngriku botên ngraos sakit, nanging sadumuginipun ing griya, badanipun sakojur botên sagêd ebah, madal sawarnining jampi, wusana tiwas.

Ing kajaksan Cirêbon, wontên oto kêbêsmi, lajêng wontên tiyang nama Rusma nyêlaki, wusana kêsalat latu, panganggenipun kêbêsmi, lajêng kabêkta dhatêng griya sakit.

Ing kampung Kauman Pakualaman, sampun rambah-rambah wontên tiyang pêjah jalaran sakit pès, nanging sarêng mayitipun badhe dipun priksa ing punggawa ingkang wajib, sami dipun pakèwêd, wusana sami wangsul ngalênthung. Pamanggihing têtiyang ingkang matênmakatên. punika, badhe angêndhêg-êndhêgi tumindaking rêrigên kasarasan, makatên ugi nama botên angèngêti dhatêng ing bab bêbaya sêsakit pès.

--- 302 ---

Nglêrêsi ing dintên jangkêping sadasa taun adêgipun pompa kabêsmèn ing Batawi, dipun wontênakên pasamuwan. Dhawahing dintên pasamuwan wau mawi mitongtonakên tumindaking padamêlan bab têtulung warni-warni.

Wontên pawartos, punggawa Walandi ing kabudidayan Gunungraon, Banyuwangi, nama Groeneboom dipun pêjahi ing kuli Jawi kêkalih. Mênggah jalaranipun, Walandi ingkang padamêlanipun dipun gêntosi dening tuwan wau, botên ambayar arta kulèn, sarêng nêdha dhatêng Tuwan Groeneman ugi botên dipun sukani. Wusana dhawahing apês dhatêng Tuwan Groeneman.

Ing taun punika kabudidayan Inggris ing Borneo badhe pados kuli saking tanah Jawi cacah 2000 sarana kontrak. Lampahing kuli-kuli wau badhe mêdal ing Makasar têrus dhatêng Borneo, botên mêdal Singgapura.

Ing konggrès amtênar B.B. satanah Jawi tuwin tanah sabrang ing taun punika, badhe kaundurakên wontên ing wulan Oktobêr, amargi Radèn Adipati Arya Ahmad Jayadiningrat badhe bidhal dhatêng Geneve.

Lulus dados dhoktêr Indhia wêdalan Stovia, Tuwan Yasir, asli saking Kotagêdhang, Sumatra.

Pawartos saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 953. Panjurung panjênêngan botên kapacak, amargi gêgayutan agami.

Tuwan S.S. Dirana ing Bandhung. Kalawarti Kawi wêdalan kantor pangêcapan B.O. Surakarta.

Lêngganan nomêr 645 ing Rêwulu S.S. Ing bab panulaking lêmut, prayogi maosa buku lêlara malariyah wêdalan Bale Pustaka, rêgi f 0.20.

Lêngganan nomêr 263 ing Wuryantara. Panjênêngan mugi marêma ing galih ngèngêti ênutipun redhaksi ing Kajawèn nomêr 14 bab gèsèh pamanggih, awit mênggahing rêmbag ingkang sampun wangsul winangsulan, punika sampun kenging dipun raosakên suraosipun, lajêng angagêma pamarêm piyambak, awit manawi botên makatên, tamtu botên wontên wusananipun.

Lêngganan nomêr 1991 ing Lumajang. I. ingkang angsal ondêrsêtan punika warandhaning punggawa nagari, kanthi gumantung ing papriksan. II. Kangge pènsiunipun ingkang anggadhahi balônja, III. Ing sapunika dèrèng wontên, mila badhe dipun wontênakên weduwenfonds.

Pawartos Wigatos

Sanès Pangiming-iming, namung cariyos lugu

Benjing riyadi, Kajawèn badhe kawêdalakên: Nomêr Lêbaran.

Kados para lêngganan sampun botên kêkilapan dhatêng saening kawontênanipun Kajawèn nomêr lêbaran wau. Ewadene Kajawèn nomêr lêbaran ingkang badhe mêdal punika, malah: gambaripun langkung kathah, isinipun langkung sae.

Ingkang punika, murih botên kacuwan, para lêngganan ingkang dèrèng ambayar arta lêngganan, tumuntên kaparênga ngintuni arta.

Makatên ugi tumrap lêngganan enggal, ing kwartal kaping kalih, sintên ingkang sampun ambayar wontên ing wulan Marêt punika, ugi badhe kaaturan Kajawèn nomêr lêbaran wau lêlahanan.

Kajawi punika, Pandji Poestaka (kalawarti basa Malayu) tuwin Parahiangan (kalawarti basa Sundha) ugi badhe kawêdalakên nomêr Lêbaran.

Bale Pustaka.

--- 303 ---

Wêwaosan

Pêpisahan 27 Taun

Karanganipun Mw. Asmawinangun ing Jatilawang, Purwakêrta.

12.

Pangintên kula botên lêpat. Sarêng jam sakawan bojonipun Amad badhe kesah, sêmunipun nêdya nêtêpi anggènipun sampun prajanjian kalihan ingkang jalêr, nanging dipun pambêngi para pulisi, cêkakipun botên saèstu kesah. Jam satêngah sanga Amad dhatêng, kados namung prêlu badhe sumêrêp sababipun punapa dene ingkang èstri ambalenjani janji. Sarêng Amad sumêrêp pulisi ingkang jagi lajêng gadhah gagasan bilih panjênêngan ingkang dhawuh, mila inggih lajêng ngincêr dhatêng panjênêngan.

O, mèmpêr, radèn. Hla, saupami Amad minggat, kintên-kintên badhe mêdal pundi.

Punika kula piyambak botên sagêd ngintên-kintên, awit saupami mêdala padhusunan, tamtu ajrih.

Hêm, tiyang Madura manawi sampun nekad, nekad sayêktos, botên langkung, radèn, kula ngaturakên panuwun dhatêng pitulungan sampeyan ingkang samantên punika.

Wusana mantri pulisi lajêng kesah. Dene salajêngipun Amad kaukum bucal dhatêng tanah sabrang, laminipun gangsal taun.

6. Grêma pêng-pêngan

Prang anggènipun sêkolah wontên ing Sêmarang sampun kalih taun, wilujêng, botên kêkirangan satunggal punapa. Bijinipun tansah sae, ingkang makatên wau tamtu kemawon damêl bingahing manahipun tuwan aldhêring jalêr èstri.

Salêbêtipun kalih taun Prang sampun wangsul kaping sakawan, inggih punika sabên liburan têngahan miwah wêkasan taun. Kala liburan ingkang kaping sakawanipun, wangsulipun badhe ambêkta Idhah tuwin Atmadi, ingkang ing taun punika inggih badhe kasêkolahakên dhatêng Sêmarang ugi.

Sadangunipun liburan, Prang, Idhah tuwin Atmadi ing sabên dintên sami dolanan sêsarêngan, kanthi atut rukun.

Nuju satunggiling dintên, Prang, Idhah tuwin Atmadi sami mlampah-mlampah urut margi agêng, Prang ambêkta sanjata angin, sabên sumêrêp wontên pêksi mencok ing êpang dipun sanjata. Nanging lêpat, ewasamantên manahipun lare têtiga wau mêksa bingah sangêt, ngantos sami botên ngraosakên sayah. Lampahipun saya dangu saya têbih. Kèndêl-kèndêl ngaso sarêng lampahipun sampun wontên sakawan pal, sami linggih wontên sangandhapipun kajêng johar, kringêtipun gumrobyos. Kala samantên Prang pitakèn dhatêng Idhah, têmbungipun: Kowe kêsêl bangêt apa ora, Idhah.

Wangsulanipun Idhah: Ora patia.

Prang pitakèn dhatêng Atmadi: Hla, kowe, Di.

Wangsulanipun Atmadi: Aku iya ora pati.

Prang pitakèn malih: Sukur. Hla, mêngko sawise ngaso kapriye, têrus dolan manèh apa bali bae.

Wangsulanipun Idhah: Bali bae, Prang, panase têka jumêprèt têmên.

Wicantênipun Atmadi: Karo manèh mundhak dadi pangarêp-arêpe papah lan mamah.

Wicantênipun Prang: Iya, bali, ya bali.

Sarêng anggènipun ngaso sampun angsal satêngah êjam, Prang ngadêg wicantênipun: Wis, ayo padha bali.

Idhah tuwin Atmadi ugi lajêng sami ngadêg, kalasamantên pun Idhah sumêrêp wontên pêksi manyar satunggal ingkang mencok wontên ing godhong rosan, kanthi bingahing manah wicantênipun: Prang, kae ana manuk bêcik, bêdhilên, mêngko digawa mulih.

Pitakènipun Prang: Êndi.

Idhah mangsuli kalihan nudingi pêksi wau: Kae, mencok ing godhong têbu kae.

Atmadi wicantên: O, Iya, hla kae. O, kae manuk manyar.

Prang wicantên kalihan murugi pêksi wau: O, kae manuk ênom. Mênênga bae, mênênga bae, dak cêkêle. Atmadi kalihan Idhah sami tut wingking. Lêrês, pêksi wau taksih ênèm, ibêripun botên sagêd bablas, sakêdhap-sakêdhap kèndêl, anjalari bingahipun Prang, mabur dhatêng pundi kemawon dipun tutakên Atmadi lan Idhah tansah kêkinthil.

Kacariyos sarêng pambujêngipun sampun dumugi ing têngah patêbon Prang kèndêl, jalaran pêksinipun sampun botên katingal malih. Prang takèn: Manuke mabur mênyang ngêndi.

Idhah kalihan Atmadi mangsuli: Êmbuh, aku iya ora sumurup.

Prang katingal cuwa sangêt, ngantos dangu milang-miling madosi, nanging mêksa botên pinanggih, wusana wicantênipun: Wis, ayo padha bali.

Idhah tuwin Atmadi mangsuli sêsarêngan: Ayo.

--- 304 ---

Lare têtiga wau lajêng lumampah, Prang ing ngajêng, Idhah ing têngah, Atmadi ing wingking, nanging ngantos dangu tansah uthak-uthêk wontên salêbêtipun pakêbon kemawon, botên sagêd dumugi-dumugi ing margi wau punika, jalaran pancèn kêsasar. Lare têtiga wau sami judhêg, kajawi ngraosakên kêsêl inggih sami ngraos gatêl sadaya, tur inggih ngêlih tuwin ngêlak sangêt, lampahipun nusup-nusup, Idhah kêdah badhe nangis kemawon.

Watawis jam satunggal lare têtiga wau sami ngaso. Prang pitakèn dhatêng Atmadi, têmbungipun: Aku iki apa ora padha kêsasar, Di.

Atmadi mangsuli: Kiraku iya mangkono, Prang, saupama ora kêsasar, mêsthi wis têkan ing dalan kana mau.

Prang pitakèn dhatêng Idhah: Kapriye, Idhah.

Idhah mangsuli: Aku wis kêsêl bangêt, Prang, ayo lèrèn dhisik.

Lare têtiga wau lajêng sami ngaso, sami andheprok wontên ing siti, rêgêdipun pangangge botên dipun pikir. Malah kabêkta saking sangêting kêsêl lajêng sami têtilêman, sumiliripun angin ingkang tansah midit punika damêl nikmating pangraos, damêl ngantukipun mripat, wêkasan pun Prang, Atmadi tuwin Idhah dados katilêman, katingalipun sakeca sangêt, sami kasupèn bilih wontên satêngahipun patêbon.

Jam sakawan sontên pun Idhah tangi, manahipun kagèt trataban, ngantos dangu pandirangan ningali mangiwa, manêngên, dhatêng wingking tuwing dhatêng ngajêng, tamtu kemawon dados bingung sangêt, awit mêntas tangi tilêm wontên panggenan ingkang botên dipun kulinani. Raos bingung wau ical sasampunipun èngêt bilih wiwit wau pancèn kêsasar. Môngka ing wêkdal samantên grimis, sampun tamtu manahipun Idhah sangsaya prihatos. Wasana botên mawi manah panjang malih nyêlaki Prang, sukunipun kacandhak dipun ogèl-ogèlakên, wicantênipun: Prang, Prang, tangi. Arêp udan. Prang, Prang, tangi.

Prang kados lare pêjah, sinaosa pun Atmadi sampun tangi, piyambakipun taksih akêmpas-kêmpis tilêm kemawon.

Wicantênipun Idhah dhatêng Atmadi: Jajal, Di, digugah Prang kiye.

Atmadi margi saking bingung namung thingak-thinguk kemawon, botên angrèwès dhatêng têmbungipun Idhah makatên wau. Idhah wicantên malih: Apa kowe bingung, Di. Wiwit mau rak pancèn padha kasasar.

Atmadi mangsuli kalihan nyêlaki Prang, Prang dipun oyog-oyog: O, iya.

Prang tangi, atakèn, têmbungipun: Ana apa.

Idhah wicantên: Kapriye Prang, dene têka banjur padha ngenak-enak ana kene, apa padha ora arêp bali.

Prang ngadêg, botên mawi wicantên punapa-punapa malih lajêng lumampah, Atmadi tuwin Idhah sami tut wingking. Wêkdal samantên wiwit grimis, tujunipun namung kêpyur-kêpyur kemawon. Botên dangu lampahipun lare têtiga punika mêdal saking patêbon anjog ing ara-ara sêpên. Idhah takèn: Iki padha arêp mênyang ngêndi, Prang.

Prang mangsuli kalihan angusapi rai: Arêp bali.

Idhah wicantên: Dene mrene. Kiraku saiki saya adoh saka Pakis.

Atmadi sumambung: Wis masthi mangkono.

Prang pitakèn dhatêng Atmadi: Saiki kapriye bêcike, Di.

Atmadi mangsuli: Aku ora wêruh, Prang.

Idhah wicantên: Jajal, Prang. Mênyanga têngah ara-ara kono, kiraku saka kono pipa pabrik Pakis bisa katon.

Lare tiga lajêng sami lumampah dhatêng têngah-têngahing ara-ara, jawah ingkang damêl têlêsing panganggenipun botên dipun praduli. Wontên ing satêngah-têngahipun ara-ara lare têtiga wau sami milang-miling madosi pipanipun pabrik Pakis, nanging botên kêtingal, amargi toya jawah ingkang pating kêpyur ngaling-alingi paningalipun. Prang wicantên kalihan ngêsah: Hêm, cilaka bangêt, kêpêksa turu ana ing kene aku mêngko.

Atmadi wicantên kalihan nuding dhusun: Ora, Prang, kae ana desa, ayo bêcik padha mrana bae.

Prang mangsuli: Desa kae ketoke cêdhak. Nanging satêmêne adoh.

Atmadi pitakèn: Sababe apa.

Prang mangsuli: Sababe... aku ora bisa nêrangake. Dêlêngên sing cêtha, yèn arêp mrono kudu nasak alas alang-alangan kuwi, sarta sawise ngliwati lêlêngkèh kae banjur nurut pêpèrèng kae.

Atmadi mangsuli: Nanging... Prang, tinimbang turu ana kene rak aluwung turu ana kana, prakara adoh ora dadi apa, anggêr diparani rak iya têkan, têkan kana kiraku durung pêtêng.

Prang pitakèn dhatêng Idhah: Kapriye, Idhah, apa bêcik padha mênyang desa kae babe.bae.

Idhah ing wêkdal wau botên gadhah raos malih kajawi ajrih tuwin prihatos. Ing ngriku namung manthuk, kangge sarana mratelakakên rujukipun dhatêng panimbangipun Atmadi wau. Prang lumampah, Atmadi tuwin Idhah sami tut wingking, sasampunipun mêdal saking wêwêngkonipun ara-ara wiwit sami nasak alang-alangan. Idhah wiwit nangis, luhipun cocosan.

Kacariyos sarêng lampahipun lare têtiga wau dumugi sacêlakipun kajêng plasa agêng sami kagèt sangêt, mirêng swara jumêdhor tuwin mirêng panggêronipun sima gembong, Idhah ngrangsang Prang, agendholan ing sakêncêngipun, ulatipun pucêt, badanipun gumêtêr wèl-wèlan, badhe wicantên botên sagêd. Botên beda Prang kalihan Atmadi, jalaran saking wontênipun swara wau ugi lajêng dados kados Idhah. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]