Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-04, #1644

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1929, #1644
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-01, #1644. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #353.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-02, #1644 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #385.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-03, #1644 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #386.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-04, #1644 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #387.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-05, #1644. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #388.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-06, #1644. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #389.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-07, #1644 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #390.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-08, #1644. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #391.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-09, #1644. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #392.
10.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-10, #1644. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #393.
11.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-11, #1644 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #394.
12.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-12, #1644 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #395.

Ôngka 28, 25 Sawal Taun Alip 1859, 6 April 1929, Taun IV

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [421] ---

Ôngka 28, 25 Sawal Taun Alip 1859, 6 April 1929, Taun IV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Sawangan ingkang nêngsêmakên

[Grafik]

Lêpasing kang sêsawangan asri, mega-mega rumênggèng ngakasa, sumamar ing gunung Gêdhe, miditira hyang bayu, tumêmpuh ing kayon tan srênti, ebahing ron kalapa, lir manawung sêmu, unggul agunging kawasa, ngrasa pindha narendranira ing wukir, ngungak ring prajanira.

--- 422 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja, Ind. Arts ing Kudus

(Sambêtipun Kajawèn nomêr 26-27)

Punapa ta kasarasan punika gunanipun, têka dipun wastani bôndha, tur bôndha agêng.

Gunanipun kasarasan.

[Grafik]

Papan pakarangan rêsik, atêgês isi kasarasan.

1. kangge nindakakên kuwajibanipun tiyang gêsang wontên ing ngalam donya.

2. kangge anggayuh kabêtahanipun tiyang gêsang.

Miturut ing nginggil punika paedahipun kasarasan namung kalih warni, nanging punika wiyar sangêt jerenganipun.

Tiyang gêsang anggadhahi kuwajiban punika sampun gênah, sarta sagêdipun nindakakên kuwajiban wau manawi badanipun saras, kados ta: tulung-tinulung, ngabêkti ing Gusti Allah sasaminipun. Tiyang gêsang gadhah kabêtahan punika inggih sampun masthi, ingkang cêpak kemawon, têdha, kasênêngan. Têdha wau limrahipun botên ngêmungakên kangge badanipun piyambak, ingkang kêrêp kangge jiwa pintên-pintên, kados ta: anak semah tuwin sanès-sanèsipun.

Tiyang sagriya punika, jurunipun pados têdha inggih punika bapa, upaminipun bapa punika sakit, botên sagêd pados têdha (nyambut damêl) kajawi badanipun piyambak botên sakeca, tiyang sagriya tumut nandhang rêkaosipun, manah susah, bau kangelan jalaran ngrêksa sarta ngupakara ingkang sakit, padamêlan sanèsipun sagêd kapintên. Manawi ingkang sakit wau dede juru pados têdha, nanging juru ngolah têdha, inggih punika biyung, inggih sampun ngrêkaos, kajawi tiyang pintên-pintên kangelan ngrêksa kuwajibanipun inggih kêdah wontên ingkang anggêntosi. Dados tumrapipun tiyang sagriya, sêsakit punika satunggiling kasusahan ingkang agêng, saya malih manawi ingkang katrajang wau jurunipun pados têdha, tumrapipun tiyang mlarat kenging kawastanan kasangsaran ingkang agêng. Botên sagêd pados têdha kapêksa ngêdalakên bôndha, [bô...]

--- 423 ---

[...ndha,] punika yèn gadhaha inggih punika kangge nêdha sarta kangge mragadi istiyar murih wangsula kasarasanipun. Sawêg suda kasarasanipun kemawon sampun samantên susahipun, lah manawi kasarasan wau têrus botên wangsul malah sirna, mêsthi saya botên kantênan.

Kajawi kasusahan kados ingkang kasêbut ing nginggil, sakiting badan punika inggih anjalari sakiting jiwa, èngêtan botên jêjêg, pikiran botên padhang sawarnining gagasan tansah kalintu, kapitadosan gingsir.

Dados prêlu sangêt kasarasan punika dipun êmi-êmi dipun gêmatèni. Tiyang ingkang botên saras kêdah ngudi sagêdipun saras, ingkang sampun bagas kasarasan inggih rekadayaa sagêdipun langgêng kasarasanipun.

Mênggah sarananipun.

1. nêbihakên mêngsahing kasarasan, inggih punika: sêsakit.

2. nata cêkapipun tuwin sasaminipun satunggal-tunggaling praboting tiyang gêsang, kados ta: hawa, toya, têdha, pêpadhang sapanunggilanipun.

I. nêbihakên sêsakit.

Sadaya sêsakit punika wontên wijinipun, tiyang limrahipun botên sagêd ningali wiji-wiji wau, nanging para sarjana sagêd nêdahakên wiji-wiji wau lan sagêd manggih sarananipun kangge mêjahi. Dene dayaning sarana-sarana punika, kathah sêsakit ingkang rumiyin sangêt ambêbayani, ing sapunika lajêng sirna utawi suda kêkiyatanipun, kados ta: cacar, têtiyang botên prêlu nyumêrêpi kadospundi wujudipun wiji sarta sapintên agêngipun, cêkap namung kantun pitados. Sagêdipun nêbihakên amaning kasarasan ingkang alus-alus wau, kêdah rêsikan ing samukawis, badan, pangangge, griya, cêkakipun sadaya ingkang magêpokan kalihan badan. Tiyang kêdah ajêg rêsik, kêdah botên ajrih ing toya, sadaya peranganing badan ingkang asring dados pakèndêlanipun rêrêgêd kados ta: kuku, rambut, kuping, untu sapanunggilanipun kêdah dipun jagi rêsikipun. Lan malih kêdah purun ngangge sarana panulakipun, kados ta: nyacarakên, suntikan kolerah, tipês, tuwin sanès-sanèsipun.

Têtiyang Eropah ingkang kêdah dhatêng Indhia, sadèrèngipun numpak kapal api, sami nêdha dipun suntik kolerah lan tipês. Samantên ugi têtiyang ingkang badhe kesah dhatêng Mêkah kêdah dipun pêksa dipun suntik kolerah lan tipês, lan dipun cacar, prêlunipun supados têtiyang wau kalis tumrapipun sêsakit ingkang kasêbut ing nginggil.

II. nata kacêkap tuwin saening satunggal-tunggalipun praboting gêsang.

Punapa ingkang dados praboting gêsang, inggih punika: hawa, toya, têdha, pêpadhang sasaminipun.

Hawa.

Tiyang punika prêlu ngangge hawa, inggih punika ingkang dipun wastani ambêgan, manawi botên ambêgan salêbêtipun sawêtawis mênit kemawon sampun pejah. Wiwit lair tiyang punika sampun ambêgan ngantos dumuginipun pêjah tanpa kèndêl, siyang dalu [da...]

--- 424 ---

[...lu] mêlèk utawi tilêm têrus ambêgan kemawon. Dados sampun têtela, manawi hawa punika prêlu piyambak tumrapipun ngagêsang, langkung prêlu tinimbang têdha utawi toya, amargi tanpa toya utawi têdha tiyang punika taksih sagêd gêsang ngantos dintênan, nanging manawi tanpa hawa namung mênitan.

Namung katingalipun tiyang punika botên ambêtahakên sangêt dhatêng hawa wau, amargi angsalipun hawa punika prasasat tanpa kangelan, ing pundi-pundi sajagad wontên hawa.

Kadospundi sumêrêpipun wontên hawa.

Hawa punika sumrawang tanpa warni, kados botên kenging tiningalan, nanging hawa punika sagêd ebah, inggih punika ingkang dipun wastani angin. Angin ingkang bantêr sagêd ambikak utawi nutup lawang piyambak, tarkadhang sagêd ngangkat griya utawi ngrungkadakên wit-witan. Inggih yèn makatên punika tiyang sagêd sumêrêp ingkang dipun wastani hawa. (Badhe kasambêtan)

Kagunan Nyêrat

[Grafik]

Ing jaman rumiyin pêpilihanipun tiyang nyambut damêl wontên ing kantor punika ingkang sae utawi rikat sêratanipun. Pundi ingkang sagêd nindakakên makatên, sampun kenging dipun wastani dados tiyang onjo. Dangu-dangu lajêng tuwuh wontên mêsin pirantos nyêrat, punika ragi nyudakakên ajining sêratan tangan, wusananipun ing sapunika ngêmbyah, botên wontên kantor ingkang botên migunakakên mêsin ingkang kados makatên punika, lan ugi sabên tiyang ingkang badhe nyambut damêl ing kantor sami sinau. Ing sasisih punika mujudakên gambaring mêsin sêratan gagrag taun 1870, tumrap ing jaman sapunika sampun kagolong dados barang kina.

--- 425 ---

Bab Panggulawênthah

[Asmaradana]

kumudu-kudu ngèlingi / laku bêcik lawan ala / purba wisesa carane / nacak angênciki jaman / prajanji kamajuan / nadyan ngulêr kambang milu / talatèn lawan lon-lonan //

tuladane ditulisi / tuluse bocah kêkancan / gandhèng rèntèng padha wedok / tôngga têtunggalan cêdhak / mung adu pagêr karas / kurang sathithik mèh têpung / nyathêk tritise ganthetan //

bocah mau awit cilik / pating kruncung awor dolan / ora pisah saparane / runtang-runtung mrana-mrana / wus ora bêtah pisah / aruntut turut-tinurut / ora tau têtukaran //

rakêt rukune lêstari / trape ora môntra-môntra / yèn mung kônca dolan bae / wus kaya sêdulur tênan / malah kêpara kalah / kang tunggal bapa lan biyung / lawas-lawase ing dina //

bocah loro mau nuli / linêbokake sêkolah / dilalah klêbu H.I.S / cêkaking kôndha wus padha / kabèh olèh diploma / dhurlopên têkan klas pitu / lan rapote padha uga //

wis ora geseh samênir / nênêm bijine naracak / iku klêbu èlèk dhewe / sawuse watara dina / padha duwe gagasan / nutugke sêkolah kudu / mung sêdyane beda-beda //

sijine kang disênêngi / gone nutugke sêkolah / mênyang Kuwik Sêkul wedok / sijine sêja sêkolah / Dhepêntêr nyang Sêmarang / wus kalakon kabèh mau / apa karêpe kêtêkan //

Bocah loro angluwihi / maju mênyang pangajaran / jinurung lantip atine / nganti dadi gêgumunan / gurune padha eram / arang muride kang tiru / kabèh kèri kapintêran //

[Grafik]

sawênèhing taman pustaka.

uwis sabên-sabên ngalih / klas kancane padha kalah / mau cah loro jênênge / kang siji Lara Parmiyah / yaiku kang sêkolah / ana ing Dhepêntêr Sêkul / Parmiyati juganira //

kang ana Kwik Sêkul èstri / samêngko kang kinocapa / Rara Parmiyah sawise / mêtu saka sêkolahan / Dhepêntêr ing Sêmarang / wus rumasa bangêt butuh / enggal golèk pagawean //

kêbênêran ambarêngi / karo kabêgjaning awak / durung sapira suwene / anêmbe ana bukakan / Mèisês [Mè...]

--- 426 ---

[...isês] Sêkul anyar / nyadhiyani ênggon mungguh / kanggo pêpondhokan bocah //

abêcik sabilik-bilik / bocah kang padha intêrnat / kumrubut rêbutan ênggon / sadhela bae dang kêbak / kamar sapirang-pirang / kêpara kurang mung wuwuh / bocah kang mlêbu kêkolah //

jiprone kang nguwasani / sajêroning sêkolahan / golèk punggawa cah wedok / wêton saka sêkolahan / Dhepêntêr kanggo rewang / angopèni bocah mau / kabèh kang padha intêrnat //

ngiras ngêrèh babu koki / sathêk-kliwêr sêkolahan / dalah jongos tukang kêbon / kocapa Rara Parmiyah / uwis krungu pawarta / kaya kang kasêbut dhuwur / mula nuli enggal-enggal //

mrêlokke têka nêmoni / kang kuwasa sêkolahan / anêmbung sumêdya ngèngèr / jiprone banjur anampa / jênêng kêtuju karsa / rêsêp atine sumurup / rupane Rara Parmiyah //

têrus dikon anglakoni / nora kêna seje dina / dang tapaka nyambut gawe / Parmiyah abangêt bungah / pangèngère kêtampan / pantês anggêdhèkke sukur / karo atine narima //

mangsuli inggih prayogi / sandika sumanggèng karsa / tapak samangke kemawon / nanging kula kalilana / wangsul amung sakêdhap / mêndhêt ing sawontênipun / santun minôngka têlêsan //

jiprone manthuk ngiyani / Parmiyah sawuse urmat / mangkat rêrikatan bae / lakune ora kinôndha / cêkake uwis têka / nglakoni gaweyan banjur / anjrak manggon sêkolahan //

Parmiyah gawene bêcik / cekat-cèkêt sarwa cikat / kêcukup kacakan kabèh / apa kang wus sinanggêman / tumêmên linakonan / kalawan ati tuwajuh / wêruh marang kuwajiban //

têgês mugên gumatèni / êbèr budine sumrambah / marang kônca sakabèhe / samubarang sarwa sabar / sarèh mawa rumêksa / rumêsêp satindak tanduk / bisa angenaki manah //

lêlahe lan ngati-ati / kaduk angêsorke awak / marang sakèh sor-sorane / kabèh kang padha diprentah / dianggêp ngêmong bocah / wani kalong buwang petung / pituna mung sawatara //

wus ora pati dipikir / mênyang pangan sacakotan / sandhang sasuwèk rong uwèk / sigar sadhuwit bêbasan / bisa eklas mikalah / pakolèhe bèn diturut / tuture nyang kabêcikan //

kancane padha wêdyasih / asayuk suyud lan trisna / tinurut apa prentahe / paripolahe tinulad / bêciking kalakuwan / dadi pangilon tiniru / nracak kabèh wus mèh rampak //

maune gèk lagi-lagi / nglakoni gawe sadhela / kabèh kancane cah wedok / kaduk wani kurang duga / nganggo wataking bocah / alangkah lancang nyang catur / ing pungkur nora rinasa // (Badhe kasambêtan)

P.

--- 427 ---

Bab Têtanêman

Kawontênanipun Tuwuhing Arèn

Ing Kajawèn ôngka 91 taun kapêngkêr lan ôngka 2, taun punika sadhèrèk Kasna lan Siyam sampun manjurung bab paedahipun wit arèn. Ing ngriki kula mêwahi katrangan sawatawis bab kawontênaning tuwuhipun manawi wontên paedahipun.

Arèn punika bangsaning têtuwuhan panunggilanipun siwalan, klapa tuwin kathah panunggilanipun. Ananging kawontênaning gêsangipun ragi anèh, anggèning awoh kenging kabasakakên namung sapisan, wontên 3, 4, ngantos 5 janjangan mèh mêdal sêsarêngan. Sêkar ingkang badhe dados calon uwohin,uwohipun,. punika jêbrol inggih sampun gatra kolang-kaling, pangintên kula punika sêkaripun èstri. Sakala punika ing ngandhap lêtipun têbih, watawis langkung sadhêpa, ugi tuwuh sêkaripun malih, nanging botên dados uwoh, sêsampuning mêgar lajêng anggogrogi, lami-lami garing. Kados punika sêkaripun jalêr, inggih sêkar punika ingkang kawastanan dangu. Dangu punika mêdalipun gilir gumantos. Uwoh sasampunipun kaundhuh ngantos watawis lami taksih purun mêdal kemawon, urut-urutan mangandhap. Yèn sampun dumugi ngandhap, kintên-kintên namung sapranggehan inggilipun, punika sampun titi mangsanipun badhe ngurag. Arèn punika wiwitipun purun awoh, manawi sampun umur 12 taun.

Yèn tiyang gadhah kitri arèn punika sampun anjagèkakên dhatêng uwohipun kemawon, kêdah kadèrès, punika sagêd pakantuk kasil mrika-mriki, inggih sagêd ngundhuh kolang-kaling, inggih sagêd asil saking gêndhisipun. Arèn kadèrès punika botên dados risaking uwoh, jalaran ingkang kapagas supados mêdal lêgènipun punika dangu, sêkar ingkang dede calon uwoh.

--- 428 ---

Sêkar ingkang tuwuh pêcak sapisan, inggih punika dangu ingkang tuwuh ngrumiyini piyambak, sadhèrèk Banyumas anggèning mastani: kade. Punika sagêd mêdal lêgènipun kathah ngantos langkung 20 litêr. Saking suburipun prêlu katadhahan lodhong sungsun kalih. Sêkar ôngka kalih inggih nama dangu kemawon, punika ugi taksih dêrês lêgènipun, jalaran uwohipun taksih anèm, dados uwit taksih mêmpêng-mêmpêngipun narik sari-sari kangge ngagêngakên uwohipun. Dene sêkar ôngka tiga sapiturutipun kawastanan: pokol. Punika inggih kenging kadèrès, namung mêdalipun sampun botên mingsra, jalaran wit sampun botên bêtah sari-sari, uwoh sampun sami gogrog awit sampun sêpuh, pramila ingkang kathah sampun botên dipun opèni. Wontênipun dangu dipun namakakên kados ingkang sampun kula cariyosakên ing ngajêng punika kula dèrèng manggih katrangan.

Wontên malih ingkang prêlu kula cariyosakên, inggih punika bab kawontênanipun arèn ingkang mêdal gelangipun. Onggok ingkang wontên gelangipun punika namung pinanggih nalika arèn sawêg nêngah-nêngahi awoh, inggih ing wêkdal mêmpêng-mêmpêngipun narik sari-sari punika, pramila supados angsal pathi gelang ingkang kathah, miliha arèn ingkang sawêg nêngah-nêngahi awoh.

Ingkang anggumunakên bab kawontênanipun sêkar èstri, prênahipun wontên ing nginggil têbih kalihan dangu, sêkaripun jalêr, dene kok inggih sagêd awoh kemawon. Yèn kawontênanipun tuwuhing jagung botên eram, awit sêkar jalêr wontên sanginggiling sêkar èstri, inggih putrèn punika. Punapa anggèning lambangsari saking pitulunganipun tawon-tawon, punapa saking abên, punika kula botên mangrêtos.

Wasana anggèn kula mêwahi katrangan bab kawontênanipun tuwuhing arèn namung dumugi samantên.

Pun Sumadi. Mantri kewan Purwakêrta.

Waosan Lare

Sadulur Tunggal Suson

I. Kahanane Nagara Tanjunggunung

[Mêgatruh]

wiwitaning wacan têmbange Magatruh / kaya rasane wong sêdhih / nanging sing mangkono mau / iya rada angèmpêri / yèn dipiritke lêlakon//

kocap ana wênèhing ratu gêgêdhug / jêjuluk Prabu Wirangi / nagarane Tanjunggunung / awit nagarane kuwi / gunung mangklung sagara rob //

yèn disawang nagarane ketok munggul / kaya nagara ing langit / yèn bêngi

--- 429 ---

prasasat murub / padha abyor ngêndi-êndi / wong sing wêruh mêsthi gawok //

sang aprabu mau bangêt ing musuwur / nganti têkan ngêndi-êndi / malah nadyan para ratu / akèh sing nungkul marani / wis kaya ana sing akon //

awit saka têntrême nagara mau / ora ana sêbrot ngutil / maling kampak ora wanuh / kabèh mung kêtêmu bêcik / kinêmulan karahayon //

yèn ngandhakna ana nagara mau /Kurang satu suku kata: yèn ngandhakna anane nagara mau. dikira umuk wis mêsthi / nanging mêsthine ya kudu / nganggo ngandhakke sathithik / mungguh kaanane kono //

yèn ta mungguh anane wulu pamêtu / upamane bêras pari / sajêge tansah lumintu / tangèh anane pacêklik / mung rong sèn bêras sapathok //

ewadene sing adol karo sing tuku / padha sênêng munpangati / dhuwite angêt barukut / lan bêrase anglêmoni / akèh punuk sing anjêndhol //

rajakaya padha saba pating kluyur / wis kaya ana sing giring / ora tau blusak-blusuk / gêdhe nyênggut karang kitri / bok dipakakêna êmoh //

dalah pitik iwèn iya gawe gumun / ora tau mancal piring / saba anèng ngomah tutut / ning yèn nêlèk mêtu dhisik / wah milih prênah sing adoh //

mung yèn ngêndhog banjur mara mundhuk-mundhuk / sing duwe kari nampani / mêngke yèn uwis ngalumpuk / lagi gêlêm angêngrêmi / ora nganggo pêtak-pêtok //

lumrah kucing dhêmên nyolong ngindhik brukut / nanging kucing kono bêcik / nadyan lèsèh dhèndhèng ingkung / mung nyekukruk anunggoni / babar pisan êmoh ngêmplok //

ing nagara rêsik ora ana uwuh / nadyan ngisor uwit-uwit / awit yèn ta ana uwuh / banjur digiring ing angin / mak byak kêcêmplung ing êgot //

cah sêkolah lèk-èlèke biji pitu / saka padha lantip-lantip / sabarang wulanging guru / banjur bae gêlis kasil / ora nganggo mêngko-mêngko //

tèn-atène wong ing kono padha mungkul / sing tani padha nêmêni / sing kriya ya padha sêngkut / mèh lali rina lan wêngi / gone nyambut gawe ngêtog //

lan kabèhe sing aran abdining ratu / padha tumêmên ing wajib / ora ana barang kisruh / kabèh barêng anandangi / awèt rukune agolong //

bêgja bangêt mungguh sing jumênêng ratu / uwonge kang diratoni / kabèh padha bangun turut / bêkti mênyang sing ngratoni / nganggêp sasat Allah katon //

karo manèh mungguh anane sang prabu / pancèn ya nyata mêdèni / yèn ngandika kaya gludhuk / uwong dipandêng marinding / didhèhèmi bae angop //

nanging iya mungguhing wong urip iku / kabèh-kabèh durung mêsthi / kaya ta sang prabu mau / yèn nyang garwa kaya cindhil / ing wêdine bangêt ketok //

dene mungguh sababe mangkono mau / bêcik dicritakke dhisik / kocap dhèk biyèn sang prabu / duwe garwa pramèswari / êsihe sang prabu kasok //

nganti bisa apêputra siji kakung / ananging mungguh sang putri / mung tansah gêrahên têrus / sarira kari sabiting / wusana seda kalakon //

sasedaning garwa putra isih timur / lagi yuswa têlung sasi / banjure sang prabu mundhut / inya sing ngopèn-opèni / nêsêpi pangeran anom //

bisa tulus sang pangeran thipluk-thipluk / ingkang sinuhun maringi / asma mênyang ing sang bagus / Pangran Warsaya mantêsi / ing baguse saya [sa...]

--- 430 ---

[...ya] ketok //

inya mau anake sing nunggal susu / dijênêngke Jaka Sigit / mung karane banjur katut / aran dadi Jaka Palih / awit palihan sang anom //

wiwit bocah karo sang pangeran kumpul / nganti kaya kakang adhi / barêng wis umur nêm taun / pangeran diangkat dadi / pangeran dipati anom //

Jaka Palih lan pangeran bangêt rukun / yèn nuju sulayan uni / iya banjur bae rukun / lakune mangkono kuwi / nyênêngke sing padha wêroh //

bangêt trêsna lan luwih asih sang prabu / mênyang putra karo Palih / bingahe ing galih têrus / wis ora pisan ngèngêti / garwa sing wis ora ketok //

nanging barêng pangeran yuswa nêm taun / rêmbuging para bupati / bênêre mungguhing ratu / kudu krama manèh bêcik / aja anyangari kraton //

ing wusana kalakon krama sang prabu / lan bangêt kalêbêt galih / ing suwe-suwe kêbanjur / asihe anêniwasi / gawe susahing lêlakon //

awit banjur panggalihe kangjêng ratu / malah bisa nguwaosi / kasantosane sang prabu / luluh ora miyatani / bêbayune padha lolos //

samubarang mung gumantung kangjêng ratu / dadi anane saiki / sihe nyang putra kêtutup / ing wose kalingan wêdi / lan saka ing galih abot //

tinêmune nyang putra mèh ora wanuh / malah banjur ditumpangi / kangjêng ratu ora mathuk / imbuh-imbuh bangêt gêthing / mênyang ing putra kuwalon //

babar pisan kêna disêbut kêsingkur / tujune pangeran kuwi / ana sing bisa ngêngimur / bok êmban lan Jaka Palih / dadi ya mung uwong têlon //

ing saiki êmbok êmban bangêt bingung / saka ora entuk ati / lan saka samaring mau / awit momongane kuwi / saka disatru ing uwong //

wis mêngkono watake wong lumrah iku / kabèh mung milu ngrewangi / nyang sapa sing lagi unggul / mula jêng pangeran pati / prihatin têrus ing batos //

Jagading Wanita

Larasan Kula

Ing Kajawèn ingkang mêdal tanggal ping 27 Marêt 1929 ôngka 25. Wontên gubahanipun sang winasis sadhèrèk Sumantriyah. Mênggah wosipun botên liya priya lan wanita anggènipun sami jêjodhoan sagêda timbang, liripun: botên dak mênang-mênangan. Pancèn bab punika saking pamanggih kula prêlu dipun ramèkakên wontên ing udyana ngriki, awit mêngku bab tatanan ingkang umum lan wigatos.

Kawuningana: mênggah gubahan wau sarèhning namung kapêndhêt ingkang prêsenanipun lôngka lan para priya ingkang pancèn rêmênanipun main, kados ta: arta sablanjan dipun têlasakên sadaya. Priya ingkang sok wayuh ngantos tiga sakawan. Manawi para priya punika kados makatên sadaya, kula mathuk sangêt upami tindak ingkang makatên wau enggal [engga...]

--- 431 ---

[...l] kasirnakakên ing jaman parameyan punika, jêr tundonipun damêl karisakaning para wanita. Nanging manawi nitik idham-idhamanipun sadhèrèk Sumantriyah têka manah kula lajêng mak grêg kados dipun rèm, he: makatên kawontênanipun jaman, jêmbar-jêmbaring jagad punika têka warni-warni sangêt.

Coba sapunika kula badhe miwiti mênggah idham-idhaman wau, nanging botên prêlu kula têdhak sungging, namung kula cupliki ingkang prêlu kemawon.

1. Tiyang ingkang ambêthithil sangêt dhatêng ingkang èstri punika pancèn kirang sae, awit lajêng ngwontênakên rêmbag ingkang botên-botên, liripun: duwèkku duwèkku dhewe... lajêng watak ambakuli, ijir-ijiran. Nanging gèk kadospundi upami sadaya bêtahipun sampun dipun cêkapi, punapa inggih ingkang jalêr namung kapurih: lingak-linguk linglung, botên sagêd anyumêrêpi dhatêng ombyaking jaman, kados ta: kangge tumbas kalawarti, kangge bayar kontribusi pakêmpalan, kangge darma, kange... kangge... waton wontên kancanipun, môngka manawi tiyang jalêr punika botên anggembol arta, sakerah-kerahipun upami wontên ing pakêmpalan katingal: ngalèmprèh ibêripun. Rak inggih makatên ta ki raka redhaktur?

2. Tiyang jalêr pancèn botên pantês manawi tumut-tumut mênggah panyêpêngipun bale griya, jêr kawon kulina kalihan tiyang estri. Samantên wau manawi ingkang èstri sampun mangrêtos saèstu dhatêng panyêpênging bale griya, sanadyan makatêna upami namung cawe-cawe sakêdhik ingkang sakintên botên nocogi kalayan pamanahanipun, punapa inggih botên kaparêng. (ratuning tiyang sagriya punika tiyang jalêr).

3. Tiyang jalêr ingkang asring grundêlan punika mêsthi wontên sababipun, nanging kula yakin tiyang ingkang rêmên grundêlan têtêp tiyang bodho, jêr botên nama barès-barèsan.

4. Ingkang dipun gambarakên sadhèrèk SumastriyahSumantriyah. punika racakipun tiyang jalêr ingkang kêrêng, tandhanipun, hêh: wong wadon ora bisa olah-olah, salajêngipun. Utawi tiyang ingkang rêmên mêmaoni. Pancèn tiyang ingkang sampun karêm mêmada punika angèl ewah-ewahanipun. Ngantos kalêbêt ing sêrat piwulang dalêm Ingkang Sinuhun IX makatên: nora ana panggawe kang luwih gampang, kajaba wong maoni...

5. Nglirwakakên tiyang èstri punika prasasat anglirwakakên badanipun piyambak. Kula mathuk.

6. Pandakwa ingkang botên-botên punika wontên kalih perangan: 1. Manawi pandakwanipun wau namung ngayawara, pancèn inggih botên pantês. Nanging manawi pandakwanipun sampun katiti kalayan salêsih punika nama angèngêtakên. Mokal: latu tanpa kukus.

7. lan 8. Kula mathuk sangêt, X 1929 sampun kathah katatalanipun ingkang andadosakên kirang prayogi.

9. Sintên tiyangipun ingkang botên purun mêmantês dhatêng badanipun piyambak, kados tiyang: sajagad abuh: punika sami kêpengin mêmantês dhatêng badanipun, nanging mawi ananging, sadaya wau

--- 432 ---

kêdah miturut ukuran, inggih ta yèn sêmbadaa.

10. Tumrap tiyang jalêr ingkang tandang-tandukipun kêkasarên dhatêng para anakipun, punika botên pantês, jêr bapa wajib dados têtuladanipun para putra. Tôndha saksinipun: lêlageyaning tiyang sêpuh, inggih lêlageyane anakipun. Murid nulad lêlageyaning gurunipun, punika sampun dados wèding donya.

Wasana namung dumugi samantên, larasan kula bab gubahan wau.

Nyuwun gunging pangaksama. S. W. Hartaya.

Na, punapa lidok, sapunika sadhèrèk Sumantriyah kadospundi. Red.

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Sabibaring Dintên Riyadi

Sambêtipun Kajawèn nomêr 26-27.

Petruk : Lha, kaya-kaya wis cukup anggonku angandharakê wêwatêkane wong-wong golongan têlu, yaiku: 1. golongane kang amangeran nyang dhuwit, 2. kang nganggêp dhuwit mung kanggo pirantining golèk pangan, lan, 3. golonganing wong kang nganggêp dhuwit iku kayadene klilip tumraping laku kabêcikan. Saikine kowe bisa amandhing-mandhing êndi kang utama lan êndi kang nistha. Bab kiyi kowe lan aku panêmune têmtune iya dhewe-dhewe, ing sarèhning kowe gandrung bangêt karo motor piyat, têmtune sing kosênêngi ya wêwatêkane golonganing wong kang ôngka 1 mau. Nèk aku kiyi sing tak udi wong mung kautamaning wong ngaurip, mulane nèk kêbênêr nyêkêl dhuwit, imanku iya tansah ora bisa têtêp bae, kalane sêmbahyang, atine ora bisa nyêwiji kaya mêsthine wong kang sumujud marang Pangerane, nanging kok malah banjur kiyah-kiyah nyang êndi-êndi, iya nang gambar idhup, wayang wong, bakmèn lan sapanunggalane, seje karo yèn kanthonge kothong, kuwi panêmbahku marang Kang Kuwasa bisa kanthi sucining ati têmênan, awit atine ora ana sing ngêngridhu ngajak-ajak nyang bakmèn, rèsturan lan sapiturute, mulane yèn duwe dhuwit iya tak gawe dana bae.

Garèng : Hêm, mungguh omongmu kiyi kok gèsèh dhing karo panêmuku. Nèk panêmuku, wong kang têtêp imane kuwi gumantung nyang wonge dhewe, kasugihan utawa manèh kamlaratan, kuwi ora bisa andayani apa-apa. Dadi wong mlarat, iya ana sing salèh, nanging uga ana sing lakune nasar, mêngkono uga tumraping wong sugih. Kowe dhewe apa durung tau mênangi, wong mlarat kang misuh-misuhi Sing Kuwasa, marga ngrumasani disiksa uripe nyang donya kene, lan maido marang adil, rohman lan rohiming Pangeran. [Pange...]

--- 433 ---

[...ran.] Kosok-baline, kaya-kaya iya ora kurang wong kang sugih abôndha abandhu, kang uripe salèh bangêt. Mungguh ing panyaruwemu, bab gandrungku nyang motor piyat, kowe wong durung tau ngrasakake dhewe, mulane iya ora bisa ngicipi nikmate, dak tuturi ya, Truk, jamane saiki kiyi iya kêna diarani jaman dhuwit, naging iya jaman garang-garangan, sanadyan dadia wêdana, malah bupati pisan ta, yèn têtela mlarat, aja manèh arêp utang barang sing gêdhe diandêla, lagi ngêbon lênga bènsin bae, bokmanawa ora diwènèhi. Kosok-baline, sanadyan sajatine mlarat, nanging nèk katone garang, duwe motor, sandhangane dhandhing-dhandhing, omahe anjênggarang, sabên uwong têmtune iya padha sojah kuwi, tandhane aku kiyi bae, sadurunge aku duwe motor, sabên uwong nyêbute nyang aku, ya mung Rang Rèng bae, nanging barêng aku wis duwe piyat, Lônda, Jawa, utawa Tiyonghwa nyêbute nyang aku: mênir, bêndara, utawa dèn bei: Nala, dadi drajadku iya banjur pêthingkring munggah bae. Lha, saiki critakna nyang aku, bukti-buktine anggonmu ora dhêmên dhuwit, nanging nèk duwe dhuwit, malah kok gawe dana bae.

[Grafik]

Petruk : Bab anggonku ora dhêmên dhuwit sarta dhêmên nyang dana, kuwi thukule iya saka wêlasing atiku nyang sapadhaning umat, kajaba iku rak ana ta piwulang kang unine mangkene: sapa sing wêlas marang umating Pangeran, kuwi bakal kinasihan ing Pangerane, piwulang kiyi tak ugêmi bangêt, mulane barêng arêp bakda, iya wis dadi wajibku dana lan mitulungi nyang sakèhing umating Pangeran, lan iya tak jaga aja nganti nistha panindakku. Supaya bisa nglêksanani kabèh mau, nèk mung blanjaku bae iya ora cukup, mula iya tak saranani anjupuk pursêkot lan utang nyang wong liya-liyane. Aku banjur tuku mrêcon sasayahira, jalaran saka iki aku bisa nglêksanani kautaman têlung prakara: 1. aku mitulungi angurip-urip bakul mrêcon, 2. aku agawe sênênging wong kiwa têngêne omahku, 3. aku satuhu-tuhu iya mèlu mahargya anane dina riyadi, tur aku katon garang, kajaba iku aku tuku panganan pirang-pirang jodhang, jalaran saka iki aku iya anglêksanani kautaman pirang-pirang warna: mitulungi ngurip-urip para bakul panganan, anyugata kanthi sawarêge marang sapadhaning umat, dadi iya driyah, sidhêkah, pitrah kabèh diborong dadi siji, tur aku iya katon ambalêdag. Aku tuku sandhangan sing apik-apik, iku kajaba mitulungi ngurip-urip para bakul panganggo [pa...]

--- 434 ---

[...nganggo] aku dhewe iya katon brê...

Garèng : Wis, wis, yèn kaya panêmumu kuwi kêliru, Truk, sabênêre unèn-unèn sing sapa wêlas marang titahing Pangeran, mêthi kinasihan ing Pangerane, kuwi rak yèn bênêr panindake, yèn kaya sing kok tindakake kuwi malah ora dadi parênging Pangeran, sabab anggone wêlas mau sajatine saka anggone arêp nututi hawa kamurkane, murih dialêma garang, diaranana wong sugih, wong bèrbudi lan sapiturute, dadi têtêp jênêng wong munggah umpakan, yèn sing diarani watak wêlasan, lan kang dadi parênging Pangeran, kuwi wêtuning kawlasane ora karana pamrih, mung karana Allah bae, kaya ta: upama ana wong kêsripahan, mlarat bangêt, ora ana sing kanggo waragad anggone kêsripahan mau, kuwi banjur dipitulungi, têgêse: banjur diragadi sacukupe tanpa prajangji barang-barang, lan sapanunggalane. Wong sing tumindak mangkono iku, nêtêpi bêbasan: awèh têkên wong kalunyon, awèh obor wong kapêtêngan, awèh payung wong kodanan, awèh tudhung kêpanasan, ya iku sing sok diupamakake ing dhalang wêwatêkane Prabu Puntadewa nata ing Ngamarta. Apa kowe bisa tiru, Truk. Sukur yèn bisa, aku mursêkoti tadhah amin. Wis, rêmbug bab iki padha ditutup samene bae.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Pahêman Radya Pustaka ing Surakarta mêntas ngajangi sêsorahipun Mas Ismangil, Èsmusubrata, nêrangakên bab nalurinipun tiyang Kalang. Saha salajêngipun ing sabên wulan badhe dipun wontênakên sêsorah, ing wulan April punika Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, bab tiyang Pinggir saha Gajahmati. Mèi, Tuwan Dhoktêr Piso, bab kabudayan Jawi. Juni, Mas Ngabèi Citra Iranya, bab kagunan Jawi. Juli, Mas Ngabèi Martasuwignya (guru) bab dhuwung. Agustus, Abusalèh, bab gandhèngipun basa Jawi lan Malayu. Sèptèmbêr, Tuwan Dhoktêr Sêtutêrhim, bab prasasti ingkang sumimpên ing Radya Pustaka.

Kawartosakên, benjing rawuhipun Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral bawah Prancis, ugi badhe mampir ing Surakata.

Wontên pawartos saking pulo Panjang, bilih pulo Krakatao thukulan enggal wontên ingkang mlêkah, ingkang sapratigan malêsêg, saha sitinipun tansah mindhak-mindhak longsor.

Iksamên padamêlan tangan ing Batawi, ingkang dipun wontênakên ing tanggal 23, 25, 26 tuwin 27 Marêt kêpêngkêr, ingkang nêmpuh wontên 26 ingkang lulus 8, tumrap bôngsa Jawi wontên kalih, Mas Rara Sunarti tuwin Radèn Rara Darmiyati.

Alg. Ind. Clubgebouw ing Ngayogya sampun kêlampahan ngadêg, manggèn ing loji kêcil, cêkap kangge parêpatan tiyang 500.

Saking kaparêngipun pamarentah, amarêngakên wangsul saking bucalan, Anak Agung Gêdhe Putu, kalairan ing Karangasêm, Bali.

Ing dhusun Babakan, dhistrik Sindhang, Priyangan, wontên tiyang nuju nyambut damêl wontên ing kêbon dipun cakot sawêr, sanalika tiyang wau botên èngêt, saha sarêng kabêkta mantuk, pêjah wontên ing margi, badanipun abuh sadaya.

Pamarentah aparing palilah dhatêng dhepartêmèn B.O.W. ngangge arta f 200.000,- prêlu kangge miyarakên politieschool ing Sukabumi.

Wontên tiyang militèr 4 nalika nyabrang lèpèn Alo, Magêlang, sami kentir, ingkang kalih ngajal.

Wontên pawartos, bilih ing Surabaya tuwin Medhan, badhe dipun êdêgi pabrik bir, pasitènipun sampun angsal, saha sampun mêling mêsin-mêsinipun, biripun badhe dipun damêl ingkang nocogi kalihan kawontênaning nagari ingkang hawanipun bêntèr.

--- 435 ---

Murid Nias ing Surabaya, nama van Cassand angsal pamênang lotre f 10.000,-. Sarèhning piyambakipun wau sêkolahipun ing ngriku kados kêpêksa, mila sarêng angsal pamênang wau lajêng nêdya badhe sinau dhatêng Technische Hoogeschool ing Delft.

Wontên pawartos ing Dêlanggu, Klathèn, badhe dipun dèkèki griya sakit pitulungan, ingkang dipun adani dening kabudidayan ing Klathèn. Griya sakit wau mawi angsal biyantu saking sikênsorêh ing Surakarta.

Tuwan Suparta, ingkang damêl karangan wontên ing kalawarti Jangêt, dipun sêrêg ing pulisi, jalaran karanganipun wau isi wêwarah wiji gêgêthingan. Ing bab punika prakawisipun dipun êmbani panjênênganipun Mistêr Suyudi, dene Mistêr Ali Sastra Amijaya dados saksi.

Yong Yapha apdhèling Ngayogya mêntas damêl pasamuwan amèngêti adêging pakêmpalan wau sampun 14 taun. Kathah para tamu kakung putri ingkang sami rawuh, para wakil-wakiling pakêmpalan sami mêdhar sabda. Mistêr Suyudi mêdhar sabda ingkang damêl pamarêming para warga Yong Yapha.

Sêdyanipun parentah kasultanan ing Ngayogya badhe damêl kêbon binatang kathah badhe kalampahanipun, badhe manggèn ing tamansari, botên têbih saking kadhaton. Lan ing bab punika badhe prayogi sangêt, amargi patilasan adi ingkang namung badhe risak punika badhe sagêd mulya malih.

Benjing tanggal kaping 12 dumugi tanggal kaping 19 Mèi Kon. Bat. Gen. van K. en W. ing Batawi badhe ngawontênakên konggrès tumrap kawruhing sakubênging tanah India, ing ngriku mawi dipun wontênakên tèntunsêtèlêng ingkang mujudakên sawarningsawarnining. kagunan, kados ta ing bab kêmasan, pandhe, undhagi tuwin sanès-sanèsipun, lan ugi badhe dipun wontênakên têtingalan ing sawarninipun jogèd.

Tuwan Harun al-Rasid, tilas wadana têrbêskiking ing Batawi, ingkang kenging prakawis kadakwa nyalingkuhakên arta, sampun karampungan ing pangadilan landrad, dakwa kaukum kalih taun, dipun suda nalika wontên tahanan, wolung wulan kalih dasa dintên. Pasakitan nyuwun apèl.

Mr. Radèn Kusuma Atmaja, lid rad pan yustisi ing Padhang, dipun têtêpakên dados rèhtêr komisaris ing rad pan yustisi ugi ing Padhang. Laminipun kalih taun.

Pakêmpalan sopir ing Surabaya ngawontênakên asuransi jiwa, sabên warga katêtêpakên ambayar f 0.75 utawi f 1.50 inggih punika sèri A utawi B, laminipun kawan taun. Samôngsa warga wau ngajal angsal arta f 250.- utawi f 500.- ugi wontên pêpetangan malih pitulungan dhatêng warga manawi manggih kasangsaran, ingkang ngantos andadosakên jompo ing damêl.

Ing dhusun Dhepok, Sragèn, wontên têtiyang sami kêsurupan, ingkang gadhah sêdya badhe damêl rêrêsah. Pulisi lajêng tumandang ing damêl, saha sagêd ambaskup dêdamêl landhêp 60 iji.

Wontên pawartos, kala tanggal kaping 2 wulan punika tukang-tukang kajêng bôngsa Tionghwa ing Sêmarang, ingkang nyambut damêl ing mèbêl, indhustri Andriesse sami mogok, jalaran saking gadhah panêdha, nyambut damêl 5½ dintên supados bayaranipun kapetang 6 dintên botên dipun pituruti.

Radèn Kardiwikarta, jaksa ing Tasikmalaya, dipun kèndêli saking padamêlanipun, amargi gadhah tindak kirang lêrês ing bab arta dhatêng têtiyang ing bawahipun.

Paduka Tuwan A. Muhlenfeld residhèn têrbêskiking Jawi Kilèn, kawisudha jumênêng dhirèktur pangrèh praja.

Benjing tanggal 9 wulan punika wanci jam 9 enjing kapal pêrang Prancis, Jules Michelet ingkang dipun titihi Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral Indhocina dumugi ing Tanjungpriuk. Rawuhipun tamu agung wau mawi pakurmatan kados sacaraning Gupêrnur Jendral Indhia ngriki, saha mawi lampah-lampah agêng.

Wangsulan saking Redhaksi

Para priyantun ingkang kaparêng manjurung ing Kajawèn, manawi ngintuni karangan mugi sampun kasêrat ngangge aksara latin, lan sampun dipun sêrat molak-malik, amargi kêpêksa lajêng dipun sêrat malih, dados ngathah-ngathahi damêl.

Tuwan Darmasewaya, ing Bojanagara. Pandangu panjênêngan punika Onderwijsbureau ing Bandhung.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 3435 ing Surabaya. Tanggal 16/3-'29 Kajawèn botên mêdal, mriksanana wara-wara ing Kajawèn nomêr 20.

Lêngganan nomêr 2225 ing Lêmabang (Indramayu), lêngganan kapetang wiwit: 1/2-'29. f 1.50 punika tumrap wulan Mèi dumugi Juli '29.

Lêngganan nomêr 80 ing Trucuk. Pos wisêl f 4.50 sampun katampi. Taun punika lunas.

Lêngganan nomêr 3715 ing Pênumping. Wisêl f 1.50 ingkang kakintun kaping 1/3-'29 tumrap wulan Pèbruari Marêt sarta April. Dados kangge kwartal punika kirang f 1.- kawuningana.

Lêngganan nomêr 3926 ing Magêlang. f 1.50 sampun katampi. Nuwun.

--- 436 ---

Wêwaosan

Pêpisahan 27 Taun

Karanganipun Mw. Asmawinangun ing Jatilawang, Purwakêrta.

18.

Tuwan dhoktêr lumêbêt dhatêng kamar ingkang katêdahakên Tuwan Hèldhêring, tuwan tuwin Nyonyah Hèldhêring sami tut wingking. Admadi dipun priksa, nitik dangunipun, têtela bilih pamriksanipun titi atapis.

Sarêng pamriksanipun sampun rampung, Nyonyah Hèldhêring pitakèn: kadospundi dhoktêr, mênggah sakitipun lare punika, ambêbayani punapa botên.

Dhoktêr mangsuli: Manawi botên enggal kabêkta mriki pancèn ambêbayani.

Dados anggèn kula enggal ambêkta mriki punika dhapur nama kalêrêsan.

Pancèn makatên. Nanging sampun dados panggalih: nyonyah, sanadyan sêsakitipun lare punika botên ambêbayani, kintên kula botên badhe sagêd saras tumuntên, sagêd saras salêbêtipun kalih têngah wulan kemawon kula anggêp sampun bêgja sangêt.

Sanadyan ngantos kalih tigang wulan botên dados punapa, anggêr mantun kemawon.

Anggènipun lare punika katirahakên mriki, tamtunipun wontên ingkang akèn, apêsipun ngudhoni rêmbag, punapa botên.

Pancèn makatên, malah ingkang dhawuh inggih nganthèni sêrat katrangan. Tuwan Hèldhêring lajêng mêndhêt sêrat saking kanthonganipun, kanthi urmat kaulungakên dhatêng tuwan dhoktêr. Tuwan dhoktêr nampèni, tumuntên kawaos ing batos, sarampungipun maos wicantên: O, dhoktêr phan Blomêstin, kula têpang sangêt.

Inggih. Samangke lare punika kula pasrahakên ing panjênêngan, dhoktêr, benjing-enjing kula badhe wangsul, botên langkung kula nyuwun pangèstu, lan pangajêng-ajêng kula lare punika tumuntêna saras.

Andhèrèkakên sugêng tuwan, makatên ugi panjênêngan, nyonyah. Botên beda kula, pangajêng-ajêng kula ugi makatên. Samangke kaparênga kula wangsul, mangke kula kintuni jampi.

Sasampunipun tabikan dhoktêr lajêng kesah.

Salatiga, lêrês botên rame, nanging asri, dumunung wontên papan ingkang inggilipun ± 584 mètêr saking lumahipun sagantên, dados wontên parêdèn. Hawanipun asrêp sakeca, mila inggih mèmpêr bilih kathah Walandi ingkang dhatêng ing ngriku prêlu tirah. Saking Salatiga wontên rêdi tiga ingkang kêtingal, satunggal: rêdi Ungaran, inggilipun 2050, kalih: Telamaya, inggilipun 1883, lan tiganipun: Mêrbabu, inggilipun 3145 mètêr. Kuciwanipun dene kitha wau botên katrajang margi sêpur utawi trèm, katrajang lèpèn ingkang agêng ugi botên, namung ing sawetanipun ragi têbih bilih wontên lèpènipun nama Sênjaya, tukipun saking pêpèrèngipun rêdi Mêrbabu, mili mangalèr nêmpuri lèpèn Tuntang. Saking Salatiga wontên margi agêng ingkang mangalèr dhatêng Sêmarang, ingkang mangidul dhatêng Surakarta. Wontên Salatiga tuwan tuwin nyonyah Hèldhêring namung nyipêng sadalu, enjingipun wangsul dhatêng Sêmarang, enjingipun malih têrus mantuk dhatêng Pakis, ingkang têngga Atmadi namung Bok Sura piyambak.

Sinaosa sampun sawulan wontên ing patirahan, sakitipun Atmadi dèrèng kêtingal suda, ing sêmu jampi-jampi ingkang saking dhoktêr botên mitulungi, mila Bok Sura tansah prihatos, saya malih tumrap Atmadi piyambak. Tiyang kêkalih wau asring sami gadhah gagasan ingkang botên-botên, malah trêkadhang gadhah pandakwa: wontênipun tuwan dhoktêr criyos bilih sakitipun Atmadi botên ambêbayani punika, namung kangge ngecani manah kemawon.

Nuju ing wanci sontên, Bok Sura nuju tilêman, dumadakan mirêng Atmadi nangis sêsênggukan, mila dados kagèt, tumuntên tangi, nyêlaki patilêmanipun Atmadi saha pitakèn, têmbungipun: Kêna apa Di, dene nangis.

Atmadi mangsuli mingsêg-mingsêg: Sintên ingkang botên nangis êmbok, bilih anggagas sakit kula ingkang kados makatên punika.

Wong lagi lara, kapriye manèh, masa dadak bakal salawase.

Samangke tanggal pintên wulan punapa, êmbok.

Tanggal limalas sasi April.

O, tanggal sapisan Yuni inggah-inggahan, tamtu kula botên sagêd tumut minggah, êmbok.

Lagi ora munggah sapisan iki, ora dadi apa.

Salêbêtipun sawulan tilêmipun Atmadi ajêg tansah kirang, trêkadhang namung nêm jam ing sadintênipun, trêkadhang pitung jam. Môngka pamanggihipun para sagêd sawêg tiyang sêpuh kemawon kêdah tilêm apês-apêsipun wolung jam, kirang saking samantên badhe nyuda kasarasanipun badan. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 29, 29 Sawal Taun Alip 1859, 10 April 1929, Taun IV

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [437] ---

Ôngka 29, 29 Sawal Taun Alip 1859, 10 April 1929, Taun IV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Lèpèn Landhak Pontianak

[Grafik]

Sapinggiring lèpèn ing gambar punika kêtingal gèthèk kaêdêgan griya, dene mênggah sajatosipun pancèn griya ingkang dipun ênggèni tiyang, malah ing ngriku dipun wastani kampung. Desa mawa cara, nagara mawa tata.

--- 438 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja, Ind. Arts ing Kudus

(Sambêtipun Kajawèn Nomêr 28)

Bumi punika kinêpang ing hawa ngantos kintên-kintên 100 km inggilipun, sanginggiling hawa punika langkung tipis tinimbang ing ngandhap. Hawa punika dede dzat satunggal, nanging kadadosan saking bangsaning gas warni-warni, dene ingkang kathah piyambak inggih punika Stikstof, punika mèh 4 bagean, ingkang sabagean Zuurstof. ingkang prêlu sangêt punika Zuurstof.

[Grafik]

Sawangan ingkang damêl kasarasan (talaga Panjalu, Priyangan).

Mênggah watakipun Zuurstof punika botên sagêd mêmpan kabêsmi, nanging sagêd ngagêngakên urubing sadaya latu. Manawi botên wontên Zuurstof, latu punika botên sagêd murub utawi mangangah. Sanajan Zuurstof wau migunani sangêt tumrap dhatêng tiyang, nanging manawi mligi Zuurstof thok, botên mawi campuran punapa-punapa, malah aniwasi, upamia racun makatên kêkêrasên. Dene ingkang nyuda kêkêrasanipun wau inggih Stikstof punika.

Stikstof punika watakipun beda kalihan Zuurstof. Stikstof punika botên suka panggêsangan dhatêng manungsa, sarta botên ngindhakakên urubing latu. Dilah murub manawi kadèkèk salêbêting Stikstof mêsthi pêjah, nanging latu kadèkèk salêbêting Zuurstof malah mangangah utawi saya agêng urubipun.

Kajawi Zuurstof kalihan Stikstof ing salêbêting hawa wontên malih gas sanèsipun, inggih punika Koolstof punika kenging dipun wastani sarining arêng. Koolstof wau wontênipun ing hawa sampun campuran kalihan Zuurstof lajêng kasêbut Koolzuur. Rèhning Koolzuur punika langkung awrat tinimbang peranganing hawa sanèsipun, dados panggenanipun inggih wontên ing ngandhap, wontên ing sumur-sumur, luwêng utawi ing guwa-guwa. Koolzuur punika tumrapipun gêsang kita nama racun, sagêd adamêl pêjah, nanging tumrap têtuwuhan paedah sangêt. Dilah botên sagêd murub wontên salêbêting Koolzuur.

Wontên malih peranganing hawa inggih punika uwab (Waterdamp).

Manawi dzat-dzat sakawan wau wontên sadaya, sarta têtandhinganipun sampun sae, punika hawanipun [ha...]

--- 439 ---

[...wanipun] dipun wastani hawa rêsik, migunani tumrap kasarasan.

Miturut ing nginggil hawa punika sagêd botên rêsik, botênipun rêsik punika:

1. Manawi sampun kangge ambêgan. Hawa ingkang sampun kangge ambêgan punika upami toya, toya kumbahan, dados sampun ambêkta rêrêgêd.

Hawa punika dumuginipun ing lêbêt badan mêdal ing gurung, punika wontên salêbêting dhadha lajêng mlêbêt ing paru sarta êpang-êpang dados gêronggongan ingkang alit-alit sangêt lan tipis. Paru punika warninipun kados kêmbang karang (Spons). Ing paru ngriku ugi wontên gêronggongan êrah alita-lit ingkang maèwu-èwus kathahipun sarta tipis. Dening tipisipun wau sami cêcêlakan Zuurstof saking hawa sagêd katarik ing êrah lan êrah sagêd ngêculakên rêrêgêd ingkang katampèn ing hawa sarta lajêng kabêkta mêdal. Êrah ingkang taksih ambêkta rêrêgêd punika warninipun abrit sêpuh, dene manawi sampun angsal Zuurstof lajêng dados abrit ambranang, dene rêrêgêd ingkang katut wêdaling hawa inggih punika Koolzuur, waterdamp (uwab) lan dzat sanèsipun. Rêrêgêd wau manawi botên sagêd mêdal, sagêd dados wisa tumraping kasasaran. Mila hawa ingkang sampun kangge ambêgan punika inggih sagêd ambêbayani.

Minôngka tuladha: ing jaman kina ing kitha Indhu wontên tiyang 150 katutup ing salêbêting kunjara sadalu, kunjara wau jandhelanipun namung kalih alit-alit, sarêng enjingipun kabikak lawangipun, ingkang taksih sagêd angglawat namung tiyang 26, sanèsipun sami pêjah. Dene jalaranipun botên sanès inggih rêrêgêding hawa ingkang botên sagêd mêdal saking kunjaran wau.

Tiyang ingkang manggèn ing hawa ingkang kirang rêsik punika adatipun sakitên sarta ringkih badanipun.

Miturut katrangan ing ngajêng punika têtela bilih griya ingkang kirang marginipun hawa punika botên sae tumrapipun kasarasan.

Manawi siyang dangu wontênipun ing jawi, nanging dalu rak kêrêp wontênipun ing griya, punapa malih manawi tilêm. Dados prêlu sanêt griya punika cêkap angsalipun hawa, langkung-langkung ing papan patilêman. Dados griya ingkang prayogi punika lawang jandhelanipun ingkang wiyar, hawa srêngenge (pêpadhang) sagêd lumêbêt.

2. Jalaran saking urubing latu. Rèhning latu punika sagêdipun andados kêdah kanthi Zuurstof dados hawa sacêlakipun latu punika inggih kalong Zuursto-ipun.

3. Dening bêbosok. Barang bosok punika asring mambêt, punika mratandhani manawi saperanganing barang wau sami kumleyang wontên ing hawa, mila manawi kita ambêgan lajêng mambêt, nanging rèhning lêmbat sangêt (gas) kita botên sagêd ningali. Ingkang dipun wastani bosok punika sajatosipun uwaling dat ingkang amujudakên (ontbinding) dening satunggiling daya. Wondene têmbung rêrêgêd punika kawontênan ingkang adamêl jijik tumrap raosing manah utawi paningal kados ta: toya rêsik kacêmplungan siti, sanajan siti wau rêsik, inggih lajêng dipun wastani rêgêd, rasukan pêthak [pêtha...]

--- 440 ---

[...k] kenging awu rokok inggih rêgêd, latar kathah godhongipun garing inggih rêgêd, makatên sapiturutipun. Dados botên gandhèng babarpisan kalihan basil (wiji sêsakit).

Manawi miturut ngèlmu pamisah, rêgêd punika inggih gandhèng kalihan raos utawi paningal, têtêp atêgês kamoran utawi ngandhut barang ingkang dede mêsthinipun, kados ta: rah rêgêd punika tumrapipun mripat botên katingal rêgêd-rêgêdipun utawi rêsikipun.

Mila tiyang manggèn punika prayogi ingkang têbih saking pawuhan, kuburan, sapanunggilanipun.

Bêna ing pasabinan

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar kawontênaning sabin ing saantawising dhusun Umbulan tuwin Winongan, Pasuruan, ingkang kêbênan. Kados ingkang sampun nate kawartosakên wontên ing Kajawèn. Sampun tamtu kemawon bêna wua adamêl karisakan agêng. Dados têtela toya punika inggih dados kônca inggih dados mêngsah, manawi makatên punika nuju dados satru, dene manawi kangge sêsabin, dados mitra.

--- 441 ---

Bab Panggulawênthah

Sambêtipun Kajawèn nomêr 28

[Pangkur]

ngrênggênêg anggendhong ala / kang gêdhene padha sakêbo biri / kêbrabean kaduk rêmbug / sabab kabèh rumasa / bisa marang basa Lônda nadyan amung / satêmbung rong têmbung nyandhak / blênyak-blênyanblênyak-blênyak. wus mangrêti //

wong cah jaman kêmajuan / apês blêbês wêton H.I.S pêsthi / sithik-sithik ya sumurup / nyang clathu cara Lônda / nadyan durung pira suprandene ngudung / Parmiyah dijak caturan / cara Walônda naricis //

diwangsuli cara Jawa / isih mêksa durung ngrasa ing ati / Kèn Parmiyah iya puguh / anganggo basa Jawa / suwe-suwe bocah mau milu-milu / yèn nyang Jawa padha Jawa / basane dhewe dinggoni //

karo dhèk maune padha / anggêdhèkke nyandhang pangganggo nècis / yèn kôndha kêpara mudhun / kêndho êmèh satampah / anjêrbabah susuke sinungsun pitu / ngiwa nêngên pênyu êmas / nglowong bolong kanan kering //

sasirah prasasat kêbak / sasisihe papak ing ngisor kuping / pacake nglokro gumandhul / dadi sasolah tingkah / ngarah-arah saking kêrèh ing gêgêlung / sumêlang yèn nganti owah / dipilalah wêdi nolih //

yèn mengo lawan lon-lonan / milu mingêr awake katut balik / nyambi tangane têtulung / ngêmèk-êmèk gêlungan / èpèk-èpèk loro pisan barêng maju / junjung alis ngêlus sirah / sunggarane mundhak jêprik //

nadyan kang rambute kurang / suthik kèri kêraya-raya ngudi / dimèn dadi sugih rambut / diêrobi cêmara / kêtujune entuk môngsa murah rambut / mung sadhela sabongkokan / bongkot kukuh ditalèni //

linèlèt-lèlètan malam / nganti thêmèl yèn digo ngêtarani / ambrênggol gêligir kaku / bêngkiyêng ketok kakag / dowu dluju jêbug tan kêna tinêkuk / mlisih lan rambute tênan / sumisih awarna kalih //

irêng kêwoworan abang / dadi jragêm satêngah nglêmah garing / pinjunge ubêt rêmpêlu / wus mèmpêr sêsrimpungan / pangasihe kinosokbali gonipun / numpuk ing iring ngarêpan / sap sakêthi kurang siji //

gêdibêl kandêl sakilan / nging ambane kira kurang sanyari / supaya ketok sak gêbung / dadi nganggo japitan / cikmèn mèpèt nora idhêp brigang-brigung / yèn jangkah diarah-arah / alon prêlu angon angin //

samar yèn wirone ambyar / wira-wiri pijêr-pijêr niliki / sadhela-dhela tumungkul / lawan tangane nyandhak / wêwirone mêtêk japitan bèn bakuh / wus nora kobêr anggagas / gaweane kudu gêlis //

ugêl-ugêle sing kiwa / nganggo gêlang sanadyan êmas gêmbring / sagodhong pari gêngipun / panêngên êjam tangan / nganti cluthak lêngênane potong Bandhung / nganggo kalung rante cêkak / manggon tênggak didokoki //

madhaliyun mata abang / pasang êbros nguputarung pinati / panitine rèntèng têlu / tlapakan mawa sandhal / ana sêlop jinjit mêrit êpok lêbu /

--- 442 ---

bèn pacak mucang kanginan / kaduk mayug moyag-mayig //

adate kaya mangkana / kabèh-kabèh sadurunge diwori / barêng sauwise kumpul / digêdhèni Parmiyah / nora êsah awèh wêwarah rahayu / dilêlantèh lan tinetah / grètèh gone mituturi //

tlatèn dhasare wong sabar / sabên dina tutur saka sathithik / kanthi nganggo angon tangguh / lan golèk môngsakala / yèn panuju padha mèsêm lan gumuyu / Parmiyah awèh piwulang / lawan mulat sambang liring //

mangkene liring piwulang / hèh sakèhe kabèh sadulur iki / aja ana klèru surup / têmah salah panômpa / mapan aku kêtêmpuh dumadi sêpuh / sapantêse uwong tuwa / tuwase wèh tutur bêcik //

cacad jênênge wong tuwa / wuta tuli sêpên pamuna-muni / mênêng-mênêng tuwa watu / mula padha elinga / pêpelingku lah aja kêbanjur-banjur / nguja ati ngôngsa-ôngsa / kasênêngan dituruti //

pituturku mung sanyata / nyatitèkna karêpmu dhèk sakawit / gonmu padha rêbut dhucung / sacandhake anglunjak / nyang jagading kamajuan ora etung / ciyut jangkahe angangkah / mlêbu kalangan ondêrwis //

uwose golèk kagunan / kanggo marga olèh srananing urip / karo pênggawe rahayu / yaiku nambut karya / kok rewangi kangelan ing bausuku / sumêngka wani rêkasa / suka dadi babu koki //

kumêdah nyandhang lan mangan / lan ngêndêlke saka wêtuning budi / marga sandhang pangan iku / ukume ora kaya / saka gone golèk dhewe bôndha bau / dipangana awèt enak / ora ana kang grundêli //

aja nolèh kana-kana / wus sampurna Allah ênggone paring / adil tindaking pamandum / ora kêna mèrèkna / marang liyan dhewe-dhewe bêgjanipun / pininta-pinta mawarna / ana kang wêtune saking //

ora kalawan kangelan / mung ngêndêlke endahing warna adi / wus dadi srananing idhup / bisa nyandhang lawan mangan /Lebih satu suku kata: bisa nyandhang lan mangan. iya iku saka sih parmaning kakung / kang mêngkono nora kêna / kowe duwe karêp mèri //

mara ta padha rasakna / enak apa wong nrima anampani / sisa ing saturahipun / pindhon uwis tumundha / pêsthi nora mandhingi kang isih wutuh / kang wêton lagi sapisan / aran têrasan tur murni //

yaiku sandhang lan pangan / pangantine mêtu saka ing laki / wus kapindho yèn pinetung / têtêp timbal-tumimbal / gone jaluk lumunta gêntèn jinaluk / entuka tapak wus biblak / balik yèn mau pribadi //

jênênge ngalela ngegla / amaligi nèng ngarêp anampani / pan nora lidhah sinambung / têmbunge paribasan / gone jênthik dijêmpol sanadyan entuk / yêkti mung kari koredan / diirida morad-marid //

panêmu kaya mêngkana / mung kinarya ngrahayokake ati / anêtêpke sêtyatuhu / lan nyantosakke tekad / narimakke maring paringe Hyang Agung / saka gone nambut karya / karo karingête mijil // (Badhe kasambêtan)

P.

--- 443 ---

Pawartos Saking Sanès Praja

Bab Kawontênanipun Praja Afghanistan

Para maos kados dèrèng kasupèn dhatêng kawontênanipun praja Afghanistan, inggih punika ing bab ura-uruning praja.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun Prabu Inajatoellah X, nata enggal ing Afghanistan ingkang badhe linggar saking praja.

Murih para maos botên kêjugagan pawartos ing bab kawontênanipun praja wau, ing ngriki mratelakakên sakêdhik-sakêdhik mêndhêt ingkang prêlu-prêlu kemawon.

Ing ngajêng sampun kacariyosakên, bilih Prabu Amanoellah kèngsêr saking praja, lan panguwaosing praja sampun kêcêpêng dening pangagênging karaman ingkang ajêjuluk Bacha Sakao. Lajêng angêbroki kadhaton kitha Kaboel ngêsur nata enggal Sri Inajatoellah, saha Sang Bacha lajêng ajêjuluk Habiboellah Chan. Dene mênggahing têrangipun, kasantosanipun Sang Bacha wau jalaran saking pambiyantuning para kyai ingkang botên nyodhongi dhatêng kamajênganing jaman, lan sampun tamtu kemawon ingatasing ewah-ewahan tatacara enggal punika gampil sangêt nuwuhakên botên damêl sarjuning pamanahanipun tiyang ingkang nêdya anggondhèli tatacara kina, lan malih sarèhning golongan makatên punika adhakan sangêt dipun suyudi ing tiyang, mila inggih lajêng sagêd dados.

Nanging sarèhning lêlampahan ingkang kados makatên punika nama sampun limrah, tamtu adamêl kirang têntrêming praja, mila pinanggihipun ing praja ngriku inggih lajêng botên kantên-kantênan, botên wontên tiyang ingkang kêdunungan manah têntrêm, lan tiyang dèrèng sagêd [sa...]

--- 444 ---

[...gêd] amastani sintên ingkang têtêp sagêd unggul, dados sadaya namung pinanggih wontên ing pangintên-intên. Dene ingkang sampun kêtingal, inggih punika ing bab tuwuhing rêrêsah, botên wontên nagari ing jajahan ngriku ingkang botên katut kêtuwuhan ura-uru. Sabên nagari katingal tiyang ngili andalidir, tumrap bongsa ngamônca sami ngungsi dhatêng liyan praja, prêlu pados kasantosan wontên ing golonganipun piyambak-piyambak.

[Grafik]

Golongan kraman ingkang kêcêpêng, dipun iring saradhadhu kabêkta dhatêng Kaboel.

Tuwuhing ura-uru wau ugi lajêng sagêd nuwuhakên sêdyaning ngakathah, pundi ingkang rumaos gadhah panguwaos agêng, inggih lajêng badhe ngêtingalakên gênging panguwaosipun, lan lajêng sami tumindak ingkang saya damêl ruwêding praja.

Manawi dipun manah panjang tuwin mirid tataning jagad, botên wontên tindak lêpat sagêd widada, lan botên wontên tindak lêrês katêbihan ing rahayu. (Badhe kasambêtan)

--- 445 ---

Jagading Wanita

Sanès Panyaruwe, Namung Salugu Ngèstokakên Dhawuhipun Rama Redhaksi

Ing Kajawèn No. 25 bab tataning salakirabi panjurung saking sang winasis Saudara Sumantriyah, ingkang makatên wau andadosakên gênging bingah kula, tamtunipun pangangkah ingkang makatên wau badhe agêng pigunanipun ing wingking tumrap priyantun wanita, inggih punika kangge ngèngêtakên para kakung, ingkang panggalihanipun nocogi kalihan pamundhutipun sang nimpuna wau. Nanging sarèhning kakunga, èstria, punika panggalihanipun wontên undha-usukipun sarta beda-beda miturut mangrêtos lan dèrèngipun, dados pamundhut ingkang 10 bab wau, saking pamanggih kula inggih sagêd ewah. Sagêdipun sah manawi sampun sami ngadilipun.

Jêr saèstunipun para wanita inggih purun ambudidaya amrih damêl lêganipun laki, dene patrapipun tiyang èstri botên sanès kêdah nindakakên 10 bab kados kasêbut ing ngandhap punika:

1. Bêkti, liripun nêmbah utawi tansah damêl kasaenan, tiyang jalêr punika kapundhi-pundhi kapindha gusti utawi kaanggêp gurulaki, awit laki punika lêlintuning rama ibu.

2. Sumungkêm, liripun mantêp, botên ginggang pangrèh ingkang utami, sarta botên mangro tingal, kêjawi namung mêlêng sawiji dhatêng lakinipun.

3. Mituhu, liripun tumêmên, inggih punika ngèstokakên ing parentah, ngèngêt-èngêt ing piwêling, punapadene tansah nandukakên ulat manis têmbung aris patrap sarèh sasaminipun.

4. Ngladosi, liripun, nglampahi pangrèh, inggih punika tumindak punapa parentahing kakung kalayan pantês, têgêsipun pantês dipun lampahi tiyang èstri, botên mènèk krambil.

5. Sêtya, liripun têmên, inggih punika kawantah lugu, tuwin prasaja, utawi botên bêbengesan tuwin botên lêlemeran, punapadene botên doracara.

6. Rumêksa, liripun anjagi karikuhaning kakung, ngênêp wados, botên calak botên lancang sasaminipun.

7. Biyantu, liripun rêrencang sakêconggahipun punapa ingkang dados kawêkèn tuwin kawrataning kakung kêdah dipun labêti.

8. Ngaji-aji, liripun mundhi-mundhi sarta ngluhurakên ing kakung, punapadene botên mêngku, inggih punika botên ngrumiyini karsaning laki.

9. Sumarah, liripun manut miturut pangrèh ingkang prayogi, inggih punika botên marêngkang pranataning kakung, dados nama gadhah iman, têgêsipun kaprêcayan.

10. Trêsna, liripun manah gathuk tuwin mathuk, awit badan kalih prasasat dados satunggal. Dados ngulinakakên pamoring kalakuan ingkang prayogi, sarta ngruntutakên larasing sêdya, supados salaminipun sampun ngantos pêgat.

--- 446 ---

Mênggah ingkang kula angge conto tiyang sêpuh mulang dhatêng anakipun têmantèn makatên: Kowe ênggèr, wajibe dadi wong wadon kudu...Dene kowe le, anggonmu mêngku marang bojomu kudu... Dados sakalihipun sami nampèni kuwajiban piyambak-piyambak.

Tuladha sapisan malih tiyang sêpuh mulang dhatêng anakipun ingkang sêpuh kalihan ingkang dhawah anèm, upaminipun makatên: Kowe sing tuwa kudu ngalah, dene kowe sing nom kudu ora kêna wani marang sadulur tuwa. Makatên wau ugi sampun adil, prêlunipun supados ingkang sêpuh sampun gadhah watak srèi, dak mênang sapanunggilanipun. Mila ingkang ênèm sampun ngantos wantun, ambrêngkêlo, lancang sapanunggilanipun.

Wasana samantên kemawon atur kula, nyuwun gunging pangaksamanipun ingkang sami maos, sokur manawi wontên ingkang kêrsa ngewahi, badhe andadosakên agênging panuwun saha bingah kula.

R. Singgih, Ngêmplak, Pedan, Klathèn.

Waosan Lare

Sadulur Tunggal Suson

II. Pangeran Warsaya disêngkêr

[Asmaradana]

bangêt anggone prihatin / êmbok êmban ora ngira / yèn bakal ngono dadine / mula jênêng bangêt mokal / ingatase mung êmban / dadak milu mikir prêlu / kêbutuhaning nagara //

nanging sing mangkono kuwi / jalarane mung kêgawa / saka bangêt ing trêsnane / gone ngopèni pangeran / jênêng wis wiwit jabang / tinêmu sugêng dumlundung / tanpa sabab siji apa //

rasa anggone anggusti / wis kamoran kaya anak / gêlêm nganggo srêngên nyêblèk / mangkono uga pangeran / pinanggihe nyang êmban / wis prasasat mênyang ibu / yèn mungguh bocaha lumrah //

lan yèn nuju disrêngêni / ing tingale kaca-kaca / kaya bangêt wêdi kae / ngono kuwi mungguh bokban / malah gawe karasa / nuli nangis dhewe banjur / gustine dieman-eman //

nyang anak dhewe mèh lali / tujune tunggal panggonan / dadi wêruh sadinane / kalane padha dolanan / bok êmban tansah kôndha / Palih kuwi rak gustimu / aja kokira sapadha //

besuk kêna kongèngèri / bisa maringi kamulyan / yèn mirêng mangkono kuwe / pangeran banjur ngandika / ya Palih aja samar / besuk tak angkat tumênggung / bumimu sapirang-pirang //

mungguh gêguyoning uni / nadyan mung unining bocah / bok êmban atine gêdhe / rasane kaya-kayaa/ [kaya-kaya...]

--- 447 ---

[...a/] wis ka kalakon samana /Lebih satu suku kata: wis kalakon samana. jêbul kabèh-kabèh mau / kaanane dadi beda //

kangjêng pangeran saiki / kaya ana ing paekan / ajêg mung disêngkêr bae / nganti tumrape ing jaba / êmung kari pawarta / mungguh satêmêning wujud / arang wong sing mêruhana //

dadi yèn dipikir-pikir / sugênge kangjêng pangeran / sasat dikunjara gêdhe / saka dhawuhe kang rama / kaya bangêt angeman / nanging sabênêre mau / saka ing akal paekan //

ora liya sing ngakali / ya mung kangjêng ratu garwa / dene mungguh ing pamrihe / kangjêng pangeran bèn susah / ora kêpêthuk bungah / môngsa wurunga ngêlunthung / ora anèh yèn ngênêsa //

ya wong yèn wis kalah kuwi / arêpa dikapakêna / anane mung nurut bae / kocap ing sawiji dina / mau kangjêng pangeran / sauwise sowan mundur / ketok gone bangêt susah //

tingale tansah kêtitik / kêmbêng-kêmbêng tanpa kêndhat / êmbok êmban matur alon / ing wau wontên punapa / punapa ta kêdukan / dene lajêng ngêmbêng êluh / bok sampun kèndêl bandara //

tiyang kêdah ngrumaosi / yèn sawêg dados lampahan / sampun anggalih kang anèh / tinampia lan panrimah / yèn botên makatêna / dhatêng galih mindhak ajur / yèn ngatên prêlu punapa //

awit gusti sampun wanci / kêdah ngraos-raosêna / èngêt-èngêtan petange / sapunika sampun yuswa / sadasa taun mlampah / rak wajib sumêrêp sampun / dhatêng raosing piwulang //

bok êmban banjur ngetungi / karo nêkuk driji nywara / Alip Ehe Jimawal Je / o inggih sampun sadasa / dados ing sapunika / nama sampun jaka tanggung / kêng sabar inggih bandara //

kangjêng pangeran mangsuli / biyung uripku rumasa / bangêt apês kaya ngene / sapa ta sing ora susah / dene sadina-dina / wêruh ulat anjêkutrut / mung sêmu ora kêduga //

môngka yèn anaku iki / ora duwe babarpisan / wani mênyang ibu kuwe / sanadyan digêthingana / atiku ora niyat / malês gêthing mênyang ibu / malah mung trêsna sing ana //

manèh anane saiki / malah dalah kangjêng rama / ya kurang dhangan sêmune / bok êmban nuli anyêdhak / karo ngrangkul akôndha / dhuh gustiku dhuh gustiku / bok sampun kêpanjang-panjang //

mindhakan kirang prayogi / nyantên dhatêng ibu rama / punika rak dosa gêdhe / tiyang yèn sampun narimah / lajêng badhe punapa / hèh Palih bokya rene gus / ngadhêpa aja nèng jaba //

kene dolan karo gusti / yèn ora kowe gèk sapa / sing bisa nglipur galihe / bênêr akèh uwong jaba / nanging kuwi rak padha / piyayi sing padha tungguk / wis ta thole marenea //

banjur mlêbu Jaka Palih / lakune prigêl katara / kulina cêdhak wong gêdhe / ing kono ora antara / ana utusan nata / sawise linggih didangu / kakang kowe ana apa //

abdi sing sowan mangsuli / kula tampi dhawuh nata / inggih wiwit ing samangke / gusti botên kaparêngna / sowan ing rama nata / dumugi ngêntosi dhawuh / inggih ing samôngsa-môngsa //

wise ngono nuli pamit / dhawuhe kangjêng pangeran / lirih lan wêtune alon / iya munjuka sandika / nuli kangjêng pangeran / mung kèndêl karo tumungkul / ing tingale kaca-kaca //

--- 448 ---

êmbok êmban karo Palih / padha amilu karasa / anglabuhi ing gustine / ing wusana nuli padha / nglipur mênyang bandara / ing sarèhning durung umur / iya nuli bisa ilang //

nanging kapriye saiki / sanadyana isih bocah / yèn tansah mangkono bae / mêsthine ya saya krasa / yèn lugune paekan / ora liwat ya mung nurut / ora tau miyos jaba //

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Darmawisatanipun Petruk dhatêng Tanah Jawi Têngah

X.

[Grafik]

Garèng : Ora, Truk, nèk dak pikir-pikir, murih bangsaku kiyi bisane maju, unggul drajate, kang bisa anjajari karo bôngsa liya-liyane, wah, kuwi isih akèh wêwatêkane sing kudu didandani, kaya ta: anggone bosênan, bab kiyi pancène ngono iya wis kêrêp dirêmbug ing kene, ewadene mêksa isih arêp tak uthak-uthik bae, prêlune, e, nèk-nèke wêwatêkaning bangsaku sing ala mau, saka sathithik bisa ilang, awit kuwi pancèn iya ora bêcik bangêt, jalaran sok bisa nuwuhake prakara-prakara sing mogol utawa satêngah matêng. Ing môngka wong kuwi nèk barang-biringe mogol utawa satêngah matêng, tindak-tanduke iya rada nganèh-anèhi. Upamane bae mêngkene: anane pakumpulan bêksa, kalane arêp ngadêg, wah, kuwi tandange iya cekat-cèkêt têmênan, nanging barêng wis ngadêg, tumindake lagi sawatara bae, banjur bosên, kumpulane banjur dibubarake, hla, wusana kapintêrane anjogèd para wargane iya mogol aliyas satêngah matêng. Barêng ana ing pasamuwan tayuban, pangajarane anjogèd mau iya dicakake ana ing kono, ing sarèhning kapintêrane mogol, rumasane panjogède iya wis pêng-pêngan têmênan, nanging sing padha nonton padha gumuyu latah. Rumasane sing ajogèd lagi nglucu, yaiku lagi nirokake carane wong mususi. Ora ngêmungake para kakung, sanadyan para putri iya kanggonan watak bosênan kuwi, tandhane bae: lagi anu sawênèhing wanita padha ada-ada ngêdêgake pakumpulan jait, sadurunge pakumpulane mau ngadêg, wah, anggone ribut, anggone udrêg, awit jarene ing kono arêp padha ajar: mênjait, [mê...]

--- 449 ---

[...njait,] nyulam, nyongkèt, lan sapanunggalane, nanging barêng kumpulane wis ngadêg durung pati suwe wis padha bosên, sarta banjur dibubarake. Pangirane wong jaba kapintêrane wargane ing bab jait, iya wis baut têmênan, jêbul-jêbul andalujuri urung bantal bae ora dadi. Lho, mêngkono mungguh kadadeane wong kang watak bosênan, ngudia kapintêran iya mogol, kuwi ora beda karo wong sing lagi têngah-têngahe mangan kapêksa tumuli diuwisi, hla kuwi sing dipangan iya ora ana tumanjane apa-apa.

Petruk : Kandhamu kang kèri kiyi aku kok ora cocog, dhing, jalaran sajake ngrujak sêntul karo piwulange para sêpuh kang muni mangkene: gêdhe-gêdhening riyalat iku wong kang bisa ngêndhakake hawa kanêpsone, lire: saupama lagi mangan kang luwih enak, ing môngka satêngah-têngahe mangan lan krasa nikmat mau banjur dilèrèni, ya kuwi malah lêlakon kang utama bangêt, nandhakake yèn bisa nahan hawa nêpsune. Sing rada mathuk karo unimu mau, rak mung tumrap marang wong sing pinuju duwe ajat gêdhe, ing môngka satêngah-têngahe nindakake ajate gêdhe mau, kapêksa dipunggêl, hla, kuwi iya pancèn nyata yèn banjur mulês sasayahe.

Garèng : We, hla, kurang ajar, kok banjur ngudhal-udhal wadi, rak iya ngrusak agama nèk mêngkono kuwi. Lho, Truk, sumurupa, anggonku agawe lèngsêng sadawan-dawan mau, mung arêp ambuktèkake, yèn wong bosênan, kang anindakake samubarang gawe sok ora dirampungi, nanging dipunggêl ing têngah-têngah, kuwi pancèn jênêng kuciwa bangêt. Kaya ta: kowe dhewe, lagi anu nyaritakake anggonmu lêlana nyang Jawa Têngah, durung nganti tutug, kok mak pênculut banjur nyaritakake bab liya-liyane, bok lêlanamu kuwi kok rampungake dhisik.

Petruk : E, gênahe mêlèhake, Kang Garèng kiyi, iya bêcik, tak banjurne manèh caritaku anggonku lêlana nyang Jawa Têngah, nanging saikine arêp dak cêkak bae, supaya enggal rampung, lan bisa tumuli ngrêmbug liya-liyane. Lagi anu anggonku crita wis têkan ing kutha Magêlang, saka Magêlang lakuku mênyang Salatiga. Anane ing dalan ora prêlu dak caritakake, mundhak agawe ngantukmu bae, cêkaking rêmbug, kira-kira jam 12 aku wis tumêka ing Salatiga, sarta banjur anjujug ana ing dalême prênah pamanku kang jumênêng dhoktêr kewan ing kono. Saking bungahe dak sowani, aku ana ing kono diurmati calangkèk (mangan bêsar-bêsaran) sauwise mlênthi wêtêngku, aku banjur nyuwun pamit sumêdya andêlêng kaanane kutha Salatiga. Ing kono aku bisa nêksèni dhewe asrining kutha Salatiga, mula pancèn iya ora kêna dipaido, yèn kaanane kutha Salatiga, sauwise dianani gumintê, mundhake asrining kutha mula iya ngedap-edapi têmênan. Yèn bêngi saka anane lampu èlèktris, kaanane kutha padhang trawangan ora beda karo wêktune raina, kang anjalari sudaning kabèh laku dur, ananing pranatan gumintê warna-warna, anjalari pakêbonan utawa manèh pakaranganing omah padha rêsik [rêsi...]

--- 450 ---

[...k] gumrining, kang agawe rêsêp si pandulu, dalan-dalane padha diupakara kanthi bêcik-bêcik, kang brênjul diratakake, kang menggak-menggok dilêncêngake, kajaba iku uga diaspal lan tansah dikisik sabên dina, mulane dalan-dalane mau iya katon alus lan rata, ora beda karo kaanane papan kanggo dhangsah para tuwan-tuwan lan nyonyah-nyonyah, mêngkono uga kaanane dalan-dalan ing pakampungan, apa manèh dalan kampung Kaliyasa, kuwi saking apike pangrumate, lan saka rajine panatane watu-watune, upama banjur ana wong wadon ngandhêg nunggang dhokar mêtu dalan-dalan pakampungan mau, kiraku tanpa pitulunganing dhukun utawa dhoktêr, bisa andadak anglairake kandhutane têmênan.

Garèng : Lho, Petruk kiyi apa ngalêmbana apa nacad, dhisike diumbul-umbulake, dul, dul, mèh nganti nyundhul langit, wusanane têka kok banjur dibanting: ngèk, mèh nganti mêcèdhèl mêtu ampase. Kowe aja kliru surup, Truk, dak tuturi. Wis jamak lumrah, yèn wong-wong kang manggon ana ing kutha kang ana gumintêne, kuwi padha ngangluh marang tumindake gumintê anggone ngliwakakenglirwakake. mênyang dalan-dalan kampung kang dadi wêwêngkone. Kang mangkono mau ora kêna dipaido, nanging mungguh sanyatane sabab-sababe mangkene: kutha-kutha kang wis dicêkêl ing gumintê, kuwi kaanane mula ya dadi wajibing gumintê, kaya ta: gumintê wajib nganakake banyu ombèn, lampu-lampu, tatanan omah, tatanan têtunggangan, ambêcikake dalan lan sapiturute, ananging bab kaananing pakampungan, kuwi isih dadi tanggungane pangrèh praja, dadi sing wajib ambêcikake kaananing pakampungan mau, iya pangrèh praja dhewe, iya bênêr wis ana ada-ada, yèn gumintê bakal ngliyêr kampung-kampung ing sajroning gêmintê mau supaya bisa ngupakara murih bêcike, nanging nganti tumêka saprene bab iki isih dadi rêmbug bae, dadi durung ana karampungane. Wis, samene dhisik bae, liya dina padha dibanjurake.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Wontên pawartos, rawuhipun ingkang wicaksana gupêrnur jendral Indho Cina ing tanah Jawi ugi badhe ngaturakên cathokan kaurmatan luhur saking karajan Anam dhatêng ingkang sinuhun ing Surakarta, tuwin ordhê Anam klas satunggal Khim Bhouvy dhatêng Gusti Kangjêng Ratu Mas, tuwin maringakên bintang naga Anam dhatêng Kangjêng Pangeran Arya Cakraningrat, Kangjêng Pangeran Arya Natadiningrat, Pangeran Arya Mataram, tuwin pêpatih dalêm.

Wiskamêr ing Batawi mêntas anglelangakên barang-barangipun Tuwan Jacobs tilas up administratir kabudidayan Sinagar ingkang kadakwa nyalingkuhakên arta. Arta celengan sampun angsal f 150,000, tansah kalajêngakên malih.

Redhaksi Kajawèn mêntas tampi sêrat kabar Adil Palamarta, kawêdalakên dening B.O. Sêrat kabar wau ngêwrat bab-bab ingkang gêgayutan kalihan prêluning kawula alit Jawi. Wêdalipun namung kalamôngsa, apêsipun sawulan sapisan. Rêginipun salêmbar 3 sèn. Mênggah isinipun sampun kêtingal bilih badhe migunani, anocogi kados sêdyaning B.O. Ing pamuji mugi Adil Palamarta sagêda lulus subur botên kirang satunggal punapa.

--- 451 ---

Ing wiwitaning wulan Juli ngajêng punika ing Batawi wontên sêkolahan têngahan kangge wanita, dipun adani dening De Zusters Ursulinen van het Groote Klooster. Pamulangan wau ing Indhia ngriki dèrèng wontên. Ingkang kenging malêbêt ing pamulangan wau lare ingkang sampun sinau wontên ing H.B.S. tigang taun (ing pamulangan ngriku ugi sampun anggadhahi piyambak) utawi sampun wêdalan Mulo, danguning sinau kalih taun, lan dipun wêwahi saêklassaklas. malih kangge sinau caraning nyêpêng bale griya.

[Grafik]

Ing kabupatèn Purwadadi mêntas wontên pasamuwan, angurmati anggènipun Radèn Adipati Arya Sunarta bupati ing ngriku sampun ngasta pakaryan praja 20 taun. Kathah para tamu ingkang sami anjênêngi, kados ing gambar. Kajawèn ugi ngaturi pamuji mugi ingkang bupati lulus sampun kirang satunggal punapa.

Wontên pawartos, kala tanggal 3 wulan punika wontên mêsin mabur marinê mèrêk Dornier-Wal cacah 3 iji sampun bidhal saking nagari Walandi dhatêng Indhia. Mênggahing lampahipun miturut tanggal makatên: tanggal 3 April bidhal saking den Helder dumugi Bordeaux. 5 bidhal saking Bordeaux dumugi Marseille. 6 saking Marseille dumugi Napels. 8 saking Napels dumugi Athene. 10 saking Athene dumugi Alexandrette. 12 saking Alexandrette dumugi Bagdad. 15 saking Bagdad dumugi Bushire, namung manawi prêlu ngêjog bènsin saking Bushire dumugi Henjam. 17 saking Henjam dumugi Karachi. 19 saking Karachi dumugi Bombay. 22 saking Bombai dumugi Cochin. 24 saking Cochin dumugi Trincomali. 27 saking Trincomali dumugi Sabang. 29 saking Sabang dumugi Tanjungpinang. 1 Mèi saking Tanjungpinang dumugi Batawi.

Radèn Mas Tumênggung Arya Purnama Adiningrat, bupati ing Brêbês kakèndêlan, jalaran botên anyêkapi wajib.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 698, ing Cilongok. Wisêl f 9.- sampun katampèn. Lêrês, saha matur nuwun.

Lêngganan nomêr 3769, ing Suranatan. f 3.- punika cêkap kangge wulan Juni dumugi Nopèmbêr 1929.

Lêngganan nomêr 2481, ing Blabak. f 1.50 punika tumrap kwartal 3.

Lêngganan nomêr 3665, ing Jêrukmanis. f 1.50 sampun kula tampèni. Matur nuwun.

Lêngganan nomêr 1808 ing Cimanggu. Kajawèn nomêr 1 dumugi 6 sampun têlas. Lêngganan kapetang wiwit 1 Pèbruari 1929.

Pawartos Wigatos

Ngaturi uninga dhatêng para lêngganan ingkang dèrèng ngintuni rêgining Kajawèn kwartal II mugi kaparênga ngintunakên, awit namung punika ingkang dados sarana lêstantuning sowanipun Kajawèn.

Adm.

--- 452 ---

Wêwaosan

Pêpisahan 27 Taun

Karanganipun Mw. Asmawinangun ing Jatilawang, Purwakêrta.

19.

Kacariyos, sasampunipun wontên patirahan gangsal minggu, sakitipun Atmadi kêtingal sampun wontên sudanipun, katitik dene nalika samantên anggènipun tilêm sampun kêtingal sakeca, awis-awis nglilir kados adat sabênipun, dhatêng têtêdhan ugi sampun ragi ajêng. Prakawis wau damêl bingahing manahipun Bok Sura. Sadangunipun Atmadi sakit, tuwan dhoktêr sabên dintên tamtu rawuh, bilih botên enjing inggih sontên, prêlu paring jampi tuwin mriksa sêsakitipun. Dhoktêr piyambak ugi kêtingal bingah sangêt kala sumêrêp bilih sêsakitipun Atmadi sampun wontên sudanipun, dhoktêr gumujêng-gumujêng saha pitakèn, têmbungipun: Saiki laramu wis ana sudane, apa ora.

Atmadi mangsuli: Inggih, suda.

Ewasamono aja kasusu mlaku-mlaku. Bêcik ambacutake têturon bae ing sawatara dina manèh, ya.

Benjing punapa kula kalilan lumampah, dhoktêr.

Anggêr laramu wis mari têmênan. Kira-kira saminggu manèh.

Bibi, bungah, momonganmu wis rada suda larane.

Bok Sura mangsuli: Inggih, dara.

Botên lêpat pangintên kintênipun dhoktêr, sasampunipun saminggu, sakitipun Atmadi kenging dipun wastani sampun saras, kantun kêkiyatanipun ingkang dèrèng pulih, samasa ngadêg taksih gumêtêr kêdah dhawah kemawon, ewadene inggih kapêksa kadamêl mlampah-mlampah wontên ing èmpèring kamaripun, sabên angsal nêm pitung jangkah kèndêl alendhean tembok. Sasampunipun kalih minggu sampun saras saèstu, badanipun ingkang kêra sampun dados lêma, sarta inggih sampun kiyat saèstu kados wingi uni ing sadèrèngipun sakit, wiwit ing wêkdal samantên, miturut dhawuhipun dhoktêr Atmadi kêdah mlampah-mlampah. Bok Sura tansah kêkinthil ngêtutakên.

Atmadi wontên ing patirahan kalih wulan langkung sakêdhik, tanggal 20 wulan Juni wangsul dhatêng Sêmarang, ing tanggal 25 nipun têrus wangsul dhatêng Pakis, nusul Prang tuwin Idhah ingkang sampun salawe dintên libur wontên ing griya. Tanggal 4 Juli, wangsul malih dhatêng Sêmarang kalihan Prang tuwin Idhah. Nglajêngakên anggènipun sêkolah, mlêbêtipun tanggal 6 dados wontên Sêmarang taksih sagêd ngaso sadintên. Yêktos jalaran saking mêntas sakit dangu, Atmadi têtêp wontên ing klas kalih kemawon, botên sagêd minggah dhatêng klas tiga kadosdene Idhah.

9. Kawêdalakên.

Jam agantos dintên, dintên agantos minggu, minggu agantos wulan, enggaling cariyos, sasampunipun sataun kapetang saking wontênipun lêlampahan ingkang kasêbut ing nginggil, nglêrêsi tanggal 31 wulan Mèi, Prang Idhah tuwin Atmadi sami wangsul dhatêng Pakis kanthi bingahing manah, jalaran:

1. Nglêrêsi libur dangu, sawulan langkung sakawan dintên.

2. Lare-lare wau sami sagêd minggah klas, Prang dhatêng klas gangsal, Idhah dhatêng klas sakawan, Atmadi dhatêng klas tiga.

3. Salêbêtipun libur badhe sagêd mêningi karamean pabrik ingkang limrah dipun wastani cèbèng utawi bikak giling, ingkang badhe kawontênakên ing tanggal 10, 11, tuwin 12 salêbêtipun wulan Juni.

Karamean taksih kirang saminggu, ing pabrik sampun rame dening swaranipun tiyang nyambut damêl, wontên ingkang rêrêsik, wontên ingkang nglabur, wontên ingkang ngêthoki dêling badhe kadamêl saka rèntèk, ingkang kathah sami ribut ayasa tobong ingkang badhe kangge papanipun prêmainan tuwin panggenanipun tiyang sêsadean. Saya cêlak kalihan wontêning karamean, ingkang sami nyambut damêl sangsaya ribut.

Miturut rancangan, karameanipun badhe wiwit dintên Saptu malêm Ngahad, ewasamantên ing dintên Saptu enjing tiyang ingkang dhatêng sampun botên kenging dipun wical, jalêr èstri, sêpuh anèm jêjêl uyêl-uyêlan. Lêrês ing kala samantên dèrèng wontên têtingalan, nanging prêmainan sampun wiwit, dados para têtiyang ingkang sami dhatêng wau pancèn sampun kasêdya nilar griya tuwin padamêlan, namung badhe ningali tiyang main kemawon utawi tumut piyambak, wontên ingkang kodhok ula, wontên ingkang dhadhu, wontên ingkang klênthêngan sapanunggilanipun. Hêm, kala samantên arta prasasat tanpa pangaos, mêdalipun saking kandhutan gampil sangêt.

Ing sadangunipun wontên karamean botên ngêmungakên para têtiyang dhusun kemawon ingkang ribut, punggawa pabrik piyambak samantên ugi, salêbêtipun tigang dintên sami mangangge sarwa enggal sarwa sae, sadaya kêtingal sami berag-berag, kasênênganing manahipun kadumugèn, ujaripun: Mumpung wontên.

Tumrap Tuwan Hèldhêring piyambak, salêbêtipun wontên karamean wau malah botên punapa-punapa, awit pancèn wiwit rumiyin mila botên patos majêng dhatêng karamean. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 33, 14 Dulkangidah Taun Alip 1859, 24 April 1929, Taun IV

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [501] ---

Ôngka 33, 14 Dulkangidah Taun Alip 1859, 24 April 1929, Taun IV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Sawangan ing pasisir Indhia

[Grafik]

Ing nginggil punika sawangan pasisir kidul tanah Jawi sawetan Pugêr paresidhenan Jêmbêr. Ing ngriku ombakipun agêng, nanging kawontênanipun adamêl sêngsêm.

--- 502 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja, Ind. Arts ing Kudus

Sambêtipun Kajawèn nomêr 32

Wontên tiyang ingkang kiyat botên nêdha salêbêtipun saminggu utawi langkung, punika sagêdipun kalampahan manawi sinau luwe rumiyin. Dados têdha punika prasasat suka kêkiyatan, kajawi punika, têdha punika inggih nuwuhakên bêntèr ingkang prêlu sangêt tumraping ngagêsang. Bêntèring badan kenging kaupamèkakên pawoning pabrik, manawi latuning pawon botên gêsang, mêsin-mêsin inggih botên lumampah.

[Grafik]

Panggilingan pantun ing tanah Malayu gadhahanipun tiyang siti.

Punapa sapunika ingkang kêdah katêdha. Têtêdhan ingkang prayogi punika, têtêdhan ingkang isi bêtahing badan. Sarèhning isining badan punika warni-warni, kados ta: pêthaking tigan, gajih, sarêm, toya kapur lan sapanunggilanipun, mila bêtahipun inggih warni-warni. Sadaya wau sampun wontên ing salêbêting têtêdhan, sabên têtêdhan mêsthi isi kabêtahanipun badan wau, satunggal utawi kalih, sagêd ugi tiga utawi langkung.

Puhan, punika mèh sadaya peranganipun migunani dhatêng badan. Mila tumrap lare ingkang dèrèng sagêd nêdha têtêdhan ingkang atos-atos, prayogi sangêt. Lare ingkang taksih kados makatên, manawi dipun têdhani têtêdhan ingkang botên cocog kalihan kawontênaning badan, kados ta barang ingkang angêtangèl. ajuripun punika adat wadhukipun botên kuwawi, sagêd nuwuhakên sêsakit jêroan, kathah lare alit pêjah ingkang jalaran saking dipun têdhani ingkang dèrèng mêsthinipun.

Lare wiwit bayi ngantos dumugi umur 6-7 wulan punika têdhanipun namung mligi susuning biyungipun, manawi [mana...]

--- 503 ---

[...wi] sampun mêdal untunipun, punika mratandhakakên sampun kiyat nêdha sêkul lan salajêngipun.

Tumrap tiyang Jawi ingkang dados têdha prêlu piyambak punika sêkul, jagung kalêbêt ôngka kalih.

Uwos punika kajawi isi Zetmeel (pathi) ugi wontên peranganipun ingkang nama Vitamine (levensstoffen) punika prêlu sangêt tumrapipun badan.

Dumununging Vitamine wontên sangandhaping kulit ambuntêl uwosipun, dados minôngka siliring uwos.

Manawi pantun katutu siliripun wau taksih kantun, makatên ugi Vitamine ingkang wontên salêbêting silir wau. Uwos ingkang makatên punika prayogi sangêt tumrapipun kasarasan, nanging botên kenging kasimpên dangu, enggal pênguk, amargi katêdha ing bubuk. Dene sagêdipun awèt kêdah dipun icali siliripun wau sarana kasosoh wontên ing lumpang utawi ing pabrik, silir pêcah dados katul (Vitamine), katul kantun ing ngriku, uwos lajêng dados pêthak, kenging katêdha ngantos wulanan. Makatên punika prêlu tumrapipun sudagar uwos ingkang agêng-agêng, jalaran uwos kakintunakên dhatêng sanès nagari. Dados salêbêtipun katandho wontên ing gudhang utawi wontên ing margi botên risak, nanging tumrapipun kasarasan, uwos ingkang makatên punika kirang prayogi. Tiyang ingkang tansah nêdha uwos sosohan (gilingan) punika badanipun kêkirangan Vitamine sagêd andadosakên sakit bèri-bèri utawi sanèsipun (avitaminose).

Vitamine punika peranganing têtêdhan ingkang gadhah daya sêgêr lan kêkiyataning badan, manawi ing badan botên pikantuk vitamine utawi kirang saking mêsthi, lajêng raosing badan ewah, lêmês, sakit (avitaminose).

Lare bayi sagêd sakit bèri-bèri punika manawi biyungipun nusoni gadhah sakit bèri-bèri, utawi lare bayi ingkang dipun dhot mawi susu thok, utawi dipun têdhani bubur sêkul pêthak wos sosohan (gilingan).

Caranipun bôngsa Indhu ing tanah bawah Inggris, Penang lan Singgapura punika pantun botên dipun gèdhèngi kados ing tanah Jawi ngriki, nanging sasampunipun pantun garing lajêng dipun damêl gabah dipun wadhahi ing kadut (goni). Panyadenipun gabah sami dipun timbang katèn pikul. Sadèrèngipun dados wos, gabah dipun godhog rumiyin, sasampunipun dipun pe garing lajêng dipun tutu. Wosipun kenging katandho dangu botên pênguk. Sêkulipun punika katêdha tiyang botên sagêd andadosakên sakit bèri-bèri utawi avitaminose. Bokmanawi gabah dipun godhog punika siliripun uwos sagêd rumêsêp ing las-lasaning uwos, vitamine rumasuk ing uwos lan dayanipun katut ing sêkul. (Badhe kasambêtan)

--- 504 ---

Bab Rajakaya

Bab Lêmbu

Sambêtipun Kajawèn nomêr 32

Wancining laki ingkang wiwitan, manawi lêmbu èstri ingkang ngancik diwasa, limrahipun wontên ing umur 2-2½ taun, gampiling pathokan manawi untu ing têngah kalih pisan sampun santun untu agêng. Ugi wontên ingkang kirang saking umur samantên, gumantung dhatêng kawontênanipun, nanging lêmbu makatên wau miturut pamanggihipun para ahli, kirang prayogi manawi kapacêkakên, jalaran yèn pamacêkipun dados sok anyudakakên dhatêng suburing badanipun biyung, amargi sarining têtêdhan ingkang taksih prêlu kangge badanipun piyambak, kêpêksa kasuda kangge pun anak ingkang wontên ing kandhutan, wasana kalih-kalihipun sami cupêtan.

[Grafik]

Lêmbu wontên ing pangumbaran.

Mênggahing bab têtêngêr ing nglêbêt, tuwin sabab-sabab ingkang anjalari lêmbu èstri badhe laki, kados botên prêlu kapratelakakên ing ngriki, awit namung tumônja dhatêng kawruhipun para ahli. Dene tôndha-tôndha ingkang katingal saking jawi inggih punika: pawèstranipunpawèstrènipun. katingal ragi abuh, daging bagean ing nglêbêt katingal abrit, asring-asring ngêdalakên uyuh kasarêngan ilu, susunipun mindhak agêng, botên jênjêm, tansah gadêbugan, asring ambêngoh, yèn cêlak lêmbu sanèsipun badhe kacengklak, yèn wontên lêmbu jalêr enggal murugi. Kalakuan ingkang makatên punika dangunipun 1-2 dintên, inggih punika miturut sadangunipun wiji èstri gêsang ing salêbêting garbanipun, awit wiji wau manawi botên enggal kalêbêtan ing wiji jalêr gêsangipun wontên ing garba ngriku namung 1-2 dintên, pramila punika wêkdal ingkang sae yèn enggal kapacêkakên, manawi sampun kasèp lajêng botên purun, kenginga kapacêk ugi botên dados. Kajawi sabab ingkang kacêtha ing nginggil, gapuraning garba lajêng mingkêm rapêt, mênganing gapura yèn pinuju wanci badhe laki malih.

Dene wiji jalêr ingkang lumêbêt ing garbaning lêmbu èstri punika nyatanipun kathah, kaentha cebong alit-alit, sami gêsang nanging ingkang sagêd gathuk kalihan [ka...]

--- 505 ---

[...lihan] wiji èstri namung satunggal, sanèsipun sami pêjah.

Sawênèhing dhoktêr kewan wontên ingkang nêrangakên, yèn lêmbu jalêr ugi anggadhahi watêk, manawi lêmbu èstri botên nuju wanci laki, botên purun cakêt, pramila manawi badhe macêk ngambus-ambus rumiyin dhatêng pawèstrèning lêmbu èstri, badhe nyumêrêpi wanci lan botênipun. Katrangan makatên punika ugi kathah nyatanipun, kados ta: ing pangenan ingkang lêmbunipun jalêr èstri sami kêmpal, yèn botên wanci pancèn botên kapacêk, nanging lêmbu pamacêk ingkang pancèn birai, ingkang tansah kacancang ing kandhang, dados botên kaumbar, kadosdene lêmbu pamacêk ing tanah Madura, punika kalakuwanipun sok botên makatên, samôngsa-môngsa wontên lêmbu èstri ingkang kacêlakan lajêng kemawon kapacêk, môngka lêmbu èstri wau dèrèng tamtu yèn wanci laki, pramila kalèntu yèn para pangrèh dhusun utawi priyantunipun samôngsa rêpotan kathahing lêmbu ingkang kapacêkakên kirang, lajêng lêmbu-lêmbu èstri kaklêmpakakên sarta ingkang dèrèng wawrat kapêksa kapacêkakên. Makatên punika tanpa damêl. Ingkang prêlu têtiyang ingkang sami anggadhahi rajakaya kêdah kasumêrêpan dhatêng pamanggihing bôngsa ahli wau, sarta kêdah kapurih angyêktosi ingkang titi dhatêng tôndha-tandhaning wanci laki. Sarèhning dangunipun namung 1-2 dintên, dados wêkdal samantên wau sampun ngantos kasupèn.

Lêmbu èstri ingkang kêkathahên damêl, tôndha-tôndha wau sok botên katawis, mila lêmbu wau sok ngantos taunan botên wawrat jalaran ingkang gadhah katlompèn. Lêmbu ingkang tansah kacancang ing kandhang ugi kêdah kasatitèkakên.

Kathah-kathahipun tiyang dhusun sok botên purun macêkakên lêmbunipun yèn pêdhètipun taksih alit, dèrèng umur 5 utawi 6 wulan. Saking pamanggihipun kajawi wêlas anakipun kasapih taksih alit, ugi eman yèn biyungipun wawrat malih, puhanipun mindhak kirang sae tumrap dhatêng pêdhèt ingkang dipun sêsêpi, anjalari kêra, sakitên, botên enggal mindhak agêng.

Sarèhning bab makatên punika botên wontên nyatanipun ingkang lêrês, awit malah lêmbu ingkang pêdhètipun botên enggal kasapih punika anjalari icaling wanci laki, wusana ngantos têtaunan botên mêtêng malih, andadosakên kapitunanipun piyambak. Saya malih lêmbu ingkang pancèn kangge pranakan, kadosdene lêmbu èstri ingkang sampun kaêbang dening nagari (lêmbu prèmi) môngka ing sabên taunipun kêdah sampun anggadhahi pêdhèt. Sarta angèngêti danguning lêmbu wawrat wontên sakiwatêngêning 40 minggu. Dados yèn wanci laki ingkang wiwitan botên kapacêkakên, ing dalêm sataun botên sagêd wêwah pêdhètipun.

Suryadi. Keurmeester Ponorogo.

--- 506 ---

Pawartos Wigatos

Pakaryan ing Kapal Marinê

Murid mantrus ingkang sampun tamat sinaunipun saking pamulangan punggawa kapal ing Makasar, lajêng dipun prênahakên wontên ing satunggalipun kapal, saha lajêng sinau nyambut damêl wontên ing ngriku.

Murid sêtokêr ingkang sampun lulus sinaunipun ing pamulangan, dipun dadosakên sêtokêr klas 2 wontên ing sawarnining kapal pêrang, upaminipun wontên ing kapal kruiser, pambujêng kapal torpedho tuwin ing kapal pambucalan pasangan, lan ing wêkasanipun wontên ing kapal silêm utawi ing dharatan, upaminipun wontên ing papan panggenaning mêsin mabur.

Sayêktosipun tumrap ing kalih golongan punika, sawêg rumaos dados mantrus, utawi sêtokêr marinê, manawi sampun nyambut damêl wontên ing kapal. Wontên ing ngriku têtiyang dipun wulang cara-caraning gêsang tuwin nyambut damêl wontên ing baita pêrang. Lan tiyang lajêng rumaos piyambak, bilih taksih kathah sangêt pangajaran ingkang kêdah dipun sinau, ingkang ing sadèrèngipun rumaos sampun mumpuni dhatêng sawarnining padamêlan ing kapal.

[Grafik]

Sawênèhing kapal pêrang.

Murid mantrus punika sinaunipun wontên ing kapal pamulangan laminipun nêm wulan. Kapal pêrang ingkang dipun angge sinau punika kapal Hr. Ms. De Zeven Provincien.

Bilih ingkang sami sinau majêng lan kêtingal kasagêdanipun tumrap padamêlan mantrus, kanthi kalakuan sae punapadene kêncêng panyambutdamêlipun, lajêng kaangkat dados mantrus wadya lautan kêlas 3. Sasampunipun tumindak ing damêl nêm wulan, dipun cobi dados mantrus kêlas 2. Dados sadaya wau kêdah sami anêtêpi wajib-wajib ingkang migunani bab wau. Bilih panyobinipun wau pinanggih prayogi, sawêg kenging kaangkat dados mantrus kêlas 2, lan malih manawi sampun anglampahi padamêlan wau sataun, sagêd angangkah pangkat matrus kêlas 1. Tumrap pangkat ingkang wêkasan punika kêdah dipun cobi rumiyin. Sampun tamtu kemawon wajib-wajibipun langkung awrat katimbang kalihan cobèn tumrap mantrus kêlas 2.

Sêtokêr klas 2 ingkang sampun tumindak ing damêl sataun, sagêd dipun angkat dados sêtokêr klas 1, inggih punika bilih anyêkapi sawarnining wajib ingkang migunani bab wau.

Padamêlaning mantrus ingkang kalêbêt ing golongan [golong...]

--- 507 ---

[...an] punggawa ngêdhèg, punika ngupakara kapal, dados bêbauning sêkoci ingkang dipun dhayungi, sakoci layar, sêkoci sêtum tuwin sêkoci motor, ingkang dipun bêkta ing kapal pêrang. Kêdah sami sagêd nindakakên pigunaning tangsul kapal, inggih punika kalaning kapal badhe dipun pèpètakên ing dharatan, kalanipun anggèrèt utawi ngèrèk sêkoci. Kajawi punika kêdah sagêd andandosi kêkirangan punapa-punapa tuwin tangsul-tangsul ingkang risak.

Kajawi punika kêdah paham yêktos dhatêng sawarnining pirantos ingkang dipun angge wontên ing kapal, kados ta pirantosing jangkar, kêmudhi tuwin tampang.

Sawarnining êbab tuwin padamêlan ingkang kasêbut ing nginggil, punika sampun nate dipun wulangakên dhatêng murid-murid wontên ing pamulangan lan wontên ing kapal pamulangan. Ananging manawi têtiyangipun sampun dados punggawa marinê, badhe rumaos, bilih taksih kathah padamêlan ingkang angèl-angèl tumraping piyambakipun. Ingkang kathah-kathah kasagêdan wau kacêpêngipun sasampuning tumindak ing damêl.

Mênggah ngupakara kapal punika kajêngipun ngupakara saindênging kapal dalah sapirantosipun sadaya, inggih tumrap ing jawi utawi ing nglêbêt, prêlunipun supados ajêg sae lan kenging dipun angge ing sawanci-wanci. Padamêlan wau kêdah katindakakên dening punggawa kapal sadaya.

Padamêlan mantrus punika ingkang prêlu piyambak biyantu angladosi mriyêm tuwin pirantos anglêpasakên torpedho tuwin pasangan dhinamit. Torpedho punika dipun lêpasakên dening kapal pambujêng kapal torpedho tuwin kapal silêm. Ing kapal silêm utawi kapal pambujêng kapal torpedho wau wontên pirantosipun mariyêm torpedho inggih wuluh pirantos anglêpasakên torpedho. (Badhe kasambêtan)

Jagading Wanita

Tataning Salakirabi

Sambêtipun Kajawèn nomêr 32

Kagêm para sadhèrèk kakung.

Prakawis griya kaanggêp papan pangasonipun tiyang jalêr punika kula botên nyondhongi, punapa lajêng kaanggêp wontên hotel utawi pension rak botên ta. Môngga kagaliha, tiyang jalêr manawi wangsul saking padamêlan, panêdhanipun supados griyanipun rêsik gumrining. Saking karsanipun sadhèrèk Triman, têmtunipun ingkang kêdah angrêsiki tiyang èstri, punapa tiyang èstri punika botên gadhah padamêlan sanès, sanajan gadhaha rencang pisan, kula, tiyang jalêr, botên sagêd gadhah panêdha supados griya ajêg sae, saya [sa...]

--- 508 ---

[...ya] ingkang gadhah anak, lho, punika kula ngaturakên bôngsa kita ingkang mèh 90% botên gadhah rencang utawi rencang namung satunggal tur mawi gadhah anak. Sawêg anjagi lare kemawon sampun katingal repot sangêt, saya lare ingkang sawêg têmloncong, kalihan malih olah-olah kemawon sampun dangu sangêt. Kula piyambak sampun nate anênggani tiyang èstri olah-olah, wiwit jam sanga enjing dumugi jam 12 siyang sawêg kèndêl, tur ingkang dipun olah botên sarwa èdi. Jam 1/2 1 wiwit tata dhahar, jam 1 dumugi jam 2 wancinipun tiyang jalêr dhatêng saking padamêlan, kangge ngasonipun tiyang èstri. Punapa piyambakipun botên kenging kèndêl, sampun makatên, sapalih edhing. Kula rêkaos pados arta, tiyang èstri rêkaosipun wiwit tangi tilêm dumugi sontên, môngga rak sampun timbang. Kadamêl kula piyambak manawi wangsul saking nyambut damêl ingkang kula takèkakên rumiyin anak-anak kula sami wontên pundi, dados nêdha sampun kêsupèn, punapa malih tataning griya, wah sampun babarpisan botên kula rêmbag, kangge pangantèn enggal sampun botên badhe: dhatêng-dhatêng lajêng anyrêngêni dumèh joganipun rêgêd, mila manawi bale griya katingal rêgêd, têmtunipun tiyang èstri ingkang lajêng tumandang piyambak angrêsiki, piyambakipun rak inggih gadhah raos pangraos, manawi botên sagêd angrêsiki têmtunipun wêkdalipun kirang, mila sampun kasêsa badhe duka. Bok inggih katimbang sare siyang, manawi pinuju nganggur, aluwung nata bale griya. Panjênêngan têmtunipun ngandika makatên: kêsêl-kêsêl têka kon nyambut gawe, sapa sing gêlêm. Lah punapa tiyang èstri botên gadhah kêsêl.

2. Sadhèrèk Triman, ngandika: Tiyang jalêr kêdah dipun bombong kemawon. E, lah kok enak, inggih ingkang sami-sami. Tiyang jalêr inggih botên kenging angalitakên manahipun tiyang èstri, utawi ambêsênguti. Wontên malih tiyang jalêr manawi sampun botên kadugi, lajêng angèndêlakên (jothakan kados lare alit) plêndas-plêndus, pêcuca-pêcucu, punika botên wontên damêlipun, tiyang èstri katêrangna sababipun nêpsu, prêlunipun supados sagêd ngewahi, manawi lajêng kèndêl kemawon, tiyang èstri rak bingung panampinipun, botên ngrêtos punapa sababipun, môngka sajatosipun tiyang èstri punika candhakan sangêt, dipun sukani sasmita sakêdhik kemawon sampun mangrêtos, ananging sintên ingkang sagêd anyumêrêpi kajêngipun tiyang manawi botên kalairakên.

3. Prakawis butarêpan kita sadaya anggadhahi, jalêra èstria têmtu gadhah, mila pundi ingkang murugakên dados beka botên prêlu kawêdalakên, môngka butarêpan punika sagêd nuwuhakên sakit tèrêng ingkang dipun damêl piyambak.

4. Tumrap kula botên badhe sêrik, manawi dipun tuntun tiyang èstri, manawi pancèn pitêdah sae, isin punapa manawi dipun lampahi, môngga maosa Sêrat Suluk Rêsidriya, ing ngriku panjênêngan badhe amaos ingkang suraosipun kita botên prêlu nampik pitutur, sanadyan saking tiyang sudra pisan, manawi sae pantês dipun angge, manawi awon sanadyan saking tiyang [ti...]

--- 509 ---

[...yang] sêpuhipun piyambak inggih kêdah kabucal, sampun dumèh tiyang èstri punika kêtingalipun kèndêl utawi bodho, nanging ngandhut krênêng. Sampun kaping-kaping kula ngangge pituturipun tiyang èstri, sapisan kemawon dèrèng nate gêtun, malah manawi dipun sulayani trêkadhang andhatêngakên kasusahan, namung inggih wontên èmpêripun, tiyang èstri punika manawi sampun purun mikir êning sangêt, kula tiyang jalêr botên sagêd, badhe êning kadospundi, sawêg kemawon badhe ngêningakên cipta, sampun kemutan padamêlan ingkang dèrèng rampung, utawi ing angên-angên lajêng katingal katebang-katebangipun pun anu ingkang mawi sinjang parangrusak, klithik, rasukan pêthak, angkin jambon, sêlop jlinggring. Mila sampun kasêsa angrèmèhakên timbanganipun tiyang èstri. Mangke manawi ngrêtos, bilih piyambakipun kaanggêp barang rak matosi, sintên ingkang lêpat, inggih kita piyambak tiyang jalêr. SêndhêngSênthêng. gêndhewa botên sagêd ajêg kapanthêng, dangu-dangu pêdhot. Môngga kacobia, manawi tiyang èstri sabên-sabên kaajak rêmbagan, mangke dangu-dangu rak anggagas manawi kaanggêp tiyang, dados sungkêmipun dhatêng tiyang jalêr saya wêwah. Namung kêdah rêmbagan prakawis ingkang gêpokan kalihan piyambakipun. Prakawis padamêlanipun tiyang jalêr kados ta wontên ing kantor, saya ingkang kajibah anyêpêng prakawis wadi-wadining nagari utawi sanèsipun, punika tiyang èstri botên usah sumêrêp, awit nuwun nuwun sèwu watakipun ingkang kathah-kathah nyumur gumuling utawi anggênthong umos.

Kagêm para sadhèrèk kakung lan putri.

1. Manawi salah satunggilipun badhe anglairakên punapa ingkang dados raosing manah punika kêdah milih wêkdal utawi panggenan ingkang prayogi, mênggahing kula ingkang ajêg kula angge wanci dalu wontên ing kathil manawi badhe mapan tilêm, mênggah prêlunipun:

Ing wanci dalu. Sampun sêpên tiyang, dados manawi wontên sêrênging pangandikan sakêdhik, botên kamirêngan tôngga, lare-lare sampun sami tilêm, botên sagêd mirêngakên.

Wontên ing kathil badhe mapan tilêm. Sadaya sranduning badan sampun mangsanipun kèndêl, kakêmpalakên dados satunggal. Nitik pamanggihipun para linangkung, adatipun kalakuanipun tiyang punika ingkang kathah-kathah, mênggah kados gagasanipun ingkang kantun piyambak ngantos dumugi wêkdal angêrêmakên mripat, mila prayogi sangêt manawi badhe anggulawênthah lare wontên ing papan patilêmanipun, wontên ing ngriku kadongèng-dongèngakên ingkang sagêd andudut manahipun lare, lare lajêng anggagas sagêda angêplêki punapa ingkang kados dongengan wau, gagasan wau têrus kabêkta tilêm, makatên sabên dalu, nanging sampun bosên. Makatên ugi tumraping tiyang sêpuh, sami kemawon, jêr praboting tiyang punika sami kemawon.

Botên langkung manawi wontên lêpating pamanggih lan gongsal-gangsuling pitêmbungan nyuwun ngapuntên.

Kula pun Suratimôntra.

--- 510 ---

Waosan Lare

Sadulur Tunggal Suson

VI. Pangeran Warsaya kondur dibalèkake.

[Dhandhanggula]

pêpadhange srêngenge ngratani / ngêndi-êndi ora pilih prênah / nadyan ing gunung pèrènge / ketok pènining wujud / pêpadhase êmbês kumricik / banyune daleweran / ana ngisor nglumpuk / agunge dadi padusan / ing nalika kêsorot padhang malêsi / sumorot kaya kaca //

turut lêngkèh wonge andalidir / gone mlaku kaya rêrambatan / jalaran saka lunyune / mungguh anane mau / rada mèmpêr pasêmon bêcik / iku mungguh wong lumrah / wajib kudu wêruh / ing têgêse kudu ngrasa / yèn uripe manggon ing panggonan rumpil / mula kudu prayitna //

sacêdhaking pagunungan kuwi / ana alas gêdhe kêtêl kawak / ngudubilahi pêtênge / pêpadhange mung nlusup / nèng sêlaning godhong lan uwit / sorot sing tiba lêmah / pèni kaya babut / sing dhasar irêng disulam / kêkêmbangan abyor rata ngêndi-êndi / rupane gawe bungah //

panggonan sing bangêt sêpi kuwi / ana uwong loro sing angambah / sing sêjisiji. ketok sêmune / bungah ing ati têrus / ing èsême bisa kêtitik / sijine bangêt susah / ulate anjabrut / dene wong mau pangeran / lan sijine abdine sing jênêng Palih / padha nalasak alas //

nanging pijêr sulaya ing pikir / nuli ngandika alon pangeran / priye ta kang kowe kuwe / dijak sênêng mung mlêcu / ora ketok bungahing ati / kae galo nyawanga / lutung ting pêthangkruk / galo ana sing gandhulan / ketok bungah tunggalan lan anak rabi / yèn mlembar cikat rikat //

Palih alon anggone mangsuli / ayah kados ngatên mênggah kula / nama sawangan sapele / botên yèn pisan gumun / kalih malih kula ngèngêti / cariyosing ngakathah / mênggah kewan lutung / yèn ta purun ambalanga / mawi tinjanipun tiyang ingkang kenging / sampun tamtu yèn bibrah //

mila môngga ta dipun singkiri / yèn ngantosa kenging dipun balang / mindhak dados damêl mangke / nanging prayogi kondur / sampun pijêr wontên ing ngriki / lan sintên ingkang bêtah / wêtêng klukak-klukuk / mèsêm pangeran ngandika / kêbangêtên kowe kuwi pancèn Palih / atimu tansah samar //

karo manèh ora bêtah ngêlih / bok ya trima amangan wowohan / akèh bangêt ngalas kene / Palih mangsuli mlêcu / yèn ngandika botên pun galih / punapa inggih limrah / tiyang kados lutung / kulina nêdha wowohan / bêgja yèn ta tiyang botên pringas-pringis / tamtu mulês jêg-jêgan //

kacarita sang pangeran nuli / ambacutke anggone bêbêdhag / mungguh cêkaking critane / sadalan-dalan nêmu / kewan-kewan gêdhe lan cilik / wusana nyut kèngêtan /

--- 511 ---

arêp bali kondur / sarta nyang Palih ngandika / ayo ta wis Palih bêcik padha mulih / aku eling si biyang //

ing mêsthine ijèn tanpa kanthi / sanalika Palih iya krasa / kumênyut jêron atine / tumuli alon matur / kula inggih karaos gusti / manah kirang sakeca / punapa pun biyung / sangêt gènipun anggagas / ketang dipun tilar ing anak lan gusti / mila nuntên sumôngga //

lah ing kono banjur krungu tangis / Jaka Palih karo sang pangeran / padha bangêt ing kagète / tumuli ketok jêdhul / êmbok êmban amêlasasih / barêng ngingêtke cêtha / gapyuk banjur ngrangkul / sing dhisik mênyang pangeran / wise tutug nuli gênti Jaka Palih / isih karo sêsambat //

adhuh thole aku êmoh mati / saungkurmu aku kasangsara / ditundhung priyayi gêdhe / iya Bandara Mênggung / Surawani lan anggêgiri / Palih rada anyêngkah / bok ya kono lungguh / lan aku takon prasaja / apa kowe kuwi tênan dudu dhêmit / gèk mêngko mung mêmindha //

êmbok êmban anggablog mangsuli / pancèn kowe rada ora gênah / samar mênyang gêrangane / doh-adoh disusul /Kurang satu suku kata: adoh-adoh disusul. sajak nganggo samar ing ati / kono kangjêng pangeran / panggalihe kuwur / ing tingale katon abang / mung kêtarik saka anggone mrinani / nuli alon ngandika //

wis mênênga biyung aja nangis / pancèn kabèh padha ora gênah / ayo padha mulih bae / iya sapa sing luput / têmbe mêsthi bakal nêmoni / ing kono banjur budhal / lumaku wong têlu / sawise anjog ing dalan / kapapag lan bala sing padha nututi / tindake sang pangeran //

panggêdhene sing dadi têtindhih / asasmita andhaplangke tangan / karo nyuwara mangkene / pangeran sampun wangsul / kêdah kesah saking ing ngriki / kula ngêmban timbalan / kadhawuhan wangsul / sanalika jêng pangeran / karaosing galih nêdya arêp wani / ora pisan mundura //

[Grafik]

Gambar sasisih punika gambaring griya kwiksêkul Muhamadiyah ing Ngayogya. Sasampunipun ambabar, kala tanggal 23 Marêt kapêngkêr lajêng kabikak. Ingkang rawuh anjênêngi kathah, Paduka Tuwan Gupêrnur J.E. Jasper, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, Tuwan Residhèn P. Westra, Kangjêng Pangeran Adipati Arya Pakualam, pêpatih dalêm tuwin sanès-sanèsipun.

--- 512 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Darmawisatanipun Petruk dhatêng Tanah Jawi Têngah

XIII.

Petruk : Dhèk biyèn wis tak omongake, yèn kalane aku têka ing Salatiga, sing dak jujug dhisik omahe prênah paman kang dadi dhoktêr kewan, nanging wusana nginêpku ana ing pêngulon.

Garèng : Yah, nginêp bae kok nang pêngulon, basa anu ana niyate sing wigati, kang jelungan karo panêmune Bokne Kamprèt, awit akèh-akèhing wong lanang kuwi ana sing sok duwe pikiran, yèn duwene bojo kuwi kalane nang ngomah lan kêsandhing sing wedok, nanging yèn wis mêtu ing lawang, pangakune iya banjur jaka manèh.

[Grafik]

Petruk : Lho, kuwi rak panêmune sawênèhing wong lanang ing jaman ora enak kae, malah sanadyan cêmpene wis rindhil, kadhangkala iya sok ngaku jaka, ewasamono sanadyan ing jaman ora enak pisan, para wanita iya wis duwèni pulitik kang bisa ngêndhakake lakine, yèn arêp nindakake pratingkah sing ora cocog karo wong sing wis anak bojo. Pulitike para wanita jaman samono kuwi alus, nanging nèk lakine pancèn dudu wong gêblêg bangêt, iya mêksa bisa kêtaman. Pulitike mau kaya ta mangkene: nèk sing lanang arêp lêlungan, jarite diwiru, prêlune nèk sing lanang ing paran arêp pêthenthang-pêthènthèng sajak arêp ora barès, nèk banjur arêp nènthèng wirone, cara Banyumase banjur: cagla, awit banjur kèlingan sing miru wirone mau, yaiku bojone sing ditinggal nang ngomah.

Garèng : Wiyah, omong têka anggêdabrul mêngkono, wiron kuwi apa dayane, lho, aku nyipati dhewe, tanggaku Kang Wôngsa kae, kurang apa pangudine sing wadon, nèk lêlungan mêsthi dikanthèni salah siji anake, ewadene nèk ditakoni wong liya, ngakune jare adhine, bokmanawa kuwatir nèk diarani tuwa. Wis, wis, caritakna bae saka Salatiga lakumu mênyang ngêndi.

Petruk : Iya coba rungokna. Lakuku saka Salatiga banjur mênyang Surakarta. Wah ing

--- 513 ---

kono aku rumasa kêpêksa kudu ngowahi utawa ngêtrapake tatakrama Jawa sing têmênan, mulane sadalan-dalan aku tansah ngulinakake têtêmbungan warna-warna, kaya ta upamane: mangkat kula saking Salatiga mandar dèrèng sarapan , lakar inggih mêkotên, hara, bok iya aja ngono aja ngono, ê - non, - ning - ge.

Garèng : Wiyah, kuwi rak cara Salane wong sing ora idhêp bênêr kaya kowe kuwi, dumèhane ana têmbungane: mandar, lakar, hara, bae, wis dianggêp yèn Sala cêkèk.

Petruk : Lho, aku mung arêp nyatakake kudu ngati-ati bangêt nyang basaku, awit ing kono aku jênêng ngambah têlênging nagara kang kêna diarani nagara karajan, nagara karajan ngono têgêse nagara kang ana natane jumênêng, dadi ing kono prakara tumindaking basa, tatakrama mêsthi isih tumindak bênêr.

Garèng : Ora Truk, aku tak nyêlani sathithik, unimu kuwi sajake kaya mêngku karêp, angarani yèn tumrape wong liya nagara iku, basa lan tatakramane wis ora bênêr.

Petruk : Ora ngono, karêpku mung ngarani, yèn ing Surakarta kuwi wong-wonge isih nindakake basa lan tatakrama sing dêlês durung kêmomoran, kuwi wis ora kêna kok selaki manèh. Mara titènana bae, ana ing ngêndi bae yèn kowe kêpêthuk wong sing basane alus, luwês, gandês, kèwês, tur ngèsès, lan tatakramane lêmês, mêmês, sêdhêp, sing akèh-akèh iya mêsthi wong Surakarta. Ewadene nèk aku kabênêr lêlungan, kadhangkala ana sing sok ngarani aku ki wong Sala, sanajan ta Sala pinggir.

Garèng : Wah, anggêpmu ki kathik wong Sala, wong omongmu Jawa isih kacêl mêngkono.

Petruk : Bok aja maido, ingatase aku kiyi biyung Purwakêrta, bapa Têmanggungan, sakolahe gadho-gadho, têgêse: basa sing dianggo ing kono iku campuran, Walônda, Jawa, Mlayu didadèkake siji, barêng wis gêdhe manggon ana ing Cilacap. Bisa kaya kiye, tuli wis bagus pisan, deyan.

Garèng : Lho, kok banjur mêtu totoke Banyumas. Pancène ngono mula ya nyata, ing dunya kajawan kiyi sing dianggêp: bêcik, alus, kèwês, luwês, kuwi wong saka Surakarta, mulane...

Petruk : Wis, wis, Rèng, aja dibanjur-banjurake, mara dêlêngên ta, banjur akèh priyayi sing padha mèsêm-mèsêm, sing padha agêng panggalihe. Sarta padha ambatos: iya pancèn mêngkono gambare wong Sala. Karo manèh aku ora arêp ngrêmbug prakara wonge, aku arêp ngrasani prakara basane, kuwi pancèn nyata bêcik, nyata luwês, lan sapanunggalane.

Garèng : Ing bab luwêsing basa Surakarta, kuwi aku wis anêksèni dhewe, buktine: kalane aku nang Surakarta klintang-klintong ana ing Pasar Gêdhe, ditawani tuku jarit marang bakul wade, kuwi saka luwêsing basane, tawane mung sapuluh rupiyah, kanthongku isi kapat sasur rupiyah, tak ulungake kabèh.

--- 514 ---

Petruk : Wiyah, nèk sing kaya mêngkono kuwi rak pikiraning wong sing lagi kêplantrang. Mungguh bêciking basa Surakarta, kuwi ora mung kowe utawa aku bae sing angalêmbana, nanging sakabèhing wong Jawa, sanadyan guprêmène iya wis angakoni, mulane basa Surakarta iya banjur dianggo tuntunane basa Jawa, ing pamulangan Jawa ngêndi bae, sing diwulangake iya basa Surakarta. Basane buku-buku Jawa, sing dianggo iya basa Surakarta, sanadyan layang kabar utawa kalawarti pisan yèn basa Jawa, sing diênggo sabisa-bisa iya kudu basa Surakarta.

Garèng : Lho Truk, kandhamu mau kok sabisa-bisa, kêna ngapa ora ditêmtokake kudu nganggo basa Surakarta.

Petruk : Wah, kiyi katrangane dawa bangêt, liya dina bae padha dibanjurake rêmbuge.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Kawartosakên, benjing pungkasaning taun punika, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral De Graeff badhe malêsi mara tamu dhatêng Indho Cina.

Ing sawingkinging masjid ing Bandhung dipun êdêgi griya alit, maligi namung kangge sadhiyan prakawis salakirabi, kawontênaning griya sarwa sae.

Pambantu Kajawèn martosakên: kala tanggal 17 wulan punika, margi sakilèn Prambanan, Ngayogya, wontên otobis saking Ngayogya badhe dhatêng Klathèn, sarêng lampahipun dumugi krêtêg lèpèn Opaksêpil, angglimpang mangalèr, kêplorod wontên bambingipun lèpèn, rodha wontên nginggil. Tiyang ingkang numpak wontên 15, ingkang kataton 6, sangêt 2.

Kongsul karajan Siyêm ing Batawi, atas saking asmanipun ministêr jajahan ing Bangkok, ngaturi uninga dhatêng gupêrnur ing Jawi Kilèn, bilih botên dangu badhe wontên tamu saking Siyêm, nama Tuwan Mom Chao Chitra Bhogadavi wakil dhirèktur jendral dhepartêmèn prakawis urusan arta praja. Tuwan Phya Davi Vachnahora, dhirèktur dhepartêmèn pajêg, tuwin Tuwan Luang Purnasiri, sèkrêtaris ministêr urusan arta, dhatêngipun ing tanah Jawi badhe nyinau bab pathokan pajêg.

Wontên pawartos, bilih rancangan badhe adêging griya taman pustaka pamulangan luhur pangadilan sampun dados, waragadipun f 250.000.-, ingkang sapalih badhe kalêbêt ing rantaman taun 1930. Taman pustaka moseum inggih badhe kalêbêtakên ing ngriku.

Jalaran saking wontêning kasangsaran bêna ing Pasuruan ing môngsa rêndhêngan punika, sêmèrupon andarmani arta f 90.000.- Kajawi punika taksih nindakakên pados darma sanèsipun.

Sawênèhing tiyang èstri ing dhusun Têgalparang, Batawi, jalaran saking sakit bêntèr lajêng supe, badhe mêjahi anakipun ingkang taksih alit, rahayunipun lajêng konangan ingkang jalêr, nanging malah lajêng dipun gorokakên ing gulunipun piyambak. Tiyang wau lajêng dipun bêkta dhatêng C.B.Z.

Wontên pawartos, bilih paduka Tuwan E.H.M. Uljee dhirèktur B.O.W. benjing wulan Sèptèmbêr ngajêng punika badhe pêrlop dhatêng Eropah, jalaran kirang saras, lan dumugining watês pêrlop wontên pangajêng-ajêngipun sagêd pènsiun.

Ir. E.A. Voorneman wakil burgêmistêr ing Magêlang dipun angkat dados burgêmistêr ing Malang, anggêntosi Tuwan Bussemaker, ingkang sampun dados burgêmistêr ing Surabaya.

Kawartosakên, P.N.I. apdhèling Mataram badhe damêl parêpatan umum, prêlu ngrêmbag suwal propagandhah sajawining Indhia tuwin bab ebahing kamajêngan wanita Indhia. Insinyur Sukarna badhe tumut mêdhar sabda.

Wontên susulan pawartos, bilih anggènipun Miss Riboet kadakwa gadhah sambutan sewan dhatêng Orion Bioscoop ing Bandhung punika dora, katranganipun sampun botên gêgayutan bab punika, anggènipun nyewa namung nalika wontên ing Bandhung sakêdhap. Sarêng tanggal 10 Nopèmbêr 1928 botên gêgayutan malih, awit ing tanggal wau kontrakipun lajêng dipun udhari.

--- 515 ---

Lampahing sêpur Batawi dhatêng Surabaya sadintên, benjing 1 Nopèmbêr ngajêng punika, tumrap bagean kilèn lampahipun makatên: Wèltêprèdhên - Cikampèk - Cirêbon - Prupuk - Purwakêrta - Kroya - Ngayogya. Wontên ing Kroya dipun gandhèngakên dados satunggal kalihan sêpur saking Bandhung. Sêpur èsprès saking Surabaya ugi papagan wontên ing ngriku.

[Grafik]

Kawartosakên, bilih Tuwan Hillen gupêrnur Jawi Kilèn, kawisudha jumênêng warga rad Indhia.

Kala ing dintên Ngahad kapêngkêr, pakêmpalaning para wanita ing Batawi anêtêpi kados panêdhanipun pakêmpalan Wanita Utama ing Purwarêja. Ing dintên wau pakêmpalan Margining Kautamèn, 2. Rukun Wanodya, 3. P.I. ing Mistêr Kornèlês, tuwin sanès-sanèsipun, sami adamêl pakêmpalan piyambak-piyambak, saha wanci jam 10 lêrês, para wanita ingkang sami wontên ing pakêmpalan sami kèndêl angêningakên cipta dangunipun samênit, prêlu andêdonga tuwin angluhurakên dhatêng panjênênganipun suwargi Radèn Ajêng Kartini, saupami sugêng, ing dintên wau sampun yuswa 50 taun. Ing sabibaring ngêningakên cipta wau, ing pakêmpalan ngriku lajêng ngwontênakên rêmbag sawatawis, dene andharanipun pakêmpalan Margining Kautamèn badhe kapratelakakên ing Kajawèn sanès dintên.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 387 ing Kaliwuluh. Lêrês, taun punika sampun pundhat.

Lêngganan nomêr 1259 ing Lojiwurung. Pos wisêl f 15.- sampun katampèni. Pamundhut panjênêngan sadaya kula prayogèkakên. Salajêngipun bab pambayaran, kula amborongakên ing panjênêngan (8X f 1.50).

Saking satunggiling lêngganan ing Madiun, administrasi nampèni sêrat ingkang wosipun mundhut: Kajawèn lêbaran nomêr akalihan dhaptar buku-buku enggal. Rèhning sêrat wau botên dipun tôndha astani tur inggih botên katêrangakên nomêring lêngganan, dados administrasi botên sagêd nglêksanani.

Wangsulan saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 184 ing Sitiarja. Panjurung panjênêngan botên kapacak, amargi suraosipun sampun sairib kemawon kados panjurung sanèsipun.

Tuwan K. Dijaya ing Jalatundha, Lasêm. Panjurung panjênêngan raosipun lêbêt sangêt, sagêd ugi damêl bingungipun para maos, mila botên kapacak. Botên usah kasambêtan. Kauningana.

Lêngganan nomêr 843, nomêr 1268 tuwin nomêr 2658. Pandangu panjênêngan prayogi sami nêrangakên dhatêng Plaatselijke Lanbouw-consulent utawi dhatêng Hoofd Afddeeling Lanbouw, Buitenzorg.

Bab buku.

Redhaksi Kajawèn mêntas nampèni buku wurdhênbuk Walandi Jawi jilid kalih, karanganipun Tuwan P. Darminta, cacah 1 iji, kawêdalakên saha kasade dening Tuwan S.M. Diwarna ing Kuthagêdhe, Ngayogya. Buku wau agêngipun cêkap dipun kanthongi, cacah 13.000 têmbung, rêgi f 1.15.

Redhaksi Kajawèn ngaturakên panuwun.

Redhaksi Kajawèn tampi sêrat pitakenan saking Tuwan Ab. Siti Sjamsijah ing Surakarta bab ngintuni buku. Bab wau redhaksi Kajawèn dèrèng nampèni bukunipun.

Nglêrêsakên kalêpatan.

Ing Kajawèn nomêr 32 bab anggènipun Tuwan H.A. Salim dados utusaning parentah dhatêng Genève punika kalèntu, lêrêsipun anggèning dhatêng Genève wau awit saking panêdhanipun kaum bêrah N.V.V. nagari Walandi, supados dados adpisur utusaning parentah Walandi dhatêng Genève.

--- 516 ---

Wêwaosan

Pêpisahan 27 Taun

Karanganipun Mw. Asmawinangun ing Jatilawang, Purwakêrta.

23.

Jam satêngah sanga sontên Rajiman sampun botên gadhah padamêlan malih, mila enggal tata-tata badhe wangsul. Kala samantên Bok Sura manggihi, wicantênipun: Dhi, êngga têng kamar kula sadhela.

Rajiman mangsuli kanthi gugup: Ontên napa, yu, dene sêmune kok prêlu têmên, upami ontên ngriki mawon napa botên kenging.

Kênane ngotên ênggih kêna, nanging bêcik ontên kamar kula katimbang kalih ontên ngriki.

Rajiman tut wingking Bok Sura kanthi manah dhêg-dhêgan, ulatipun malih dados biyas, ing sêmu sampun kraos bilih badhe wontên prakawis ingkang kirang sakeca tumrap ing badanipun. Sarêng sampun dumugi ing kamaripun Bok Sura atakèn, têmbungipun: Ontên napa ta, yu.

Niki, kula dititipi dhuwit saking dara tuwan têng dika.

Rajiman nampèni kalihan wicantên: Arta napa, yu, niki.

Blônja dika sasi niki.

Êlo, hla taksih tanggal samantên kok êmpun maringi blônja.

Ênggih, nanging ênggih mung si adhi dhewe, lan malih wau dhawuhe dara tuwan: sesuk si adhi botên kaparêng nyambut gawe malih.

Dikèndêli.

Ênggih, dilèrèni.

Sababe kapripun, yu.

Napa si adhi rumasa botên duwe kaluputan. Saupama botên... mokal yèn nganti dilèrèni. Nitik saka buktine kula bisa ngarani yèn kaluputane si adhi dede kaluputan cilik, nanging gêdhe, sing dadi sêksine blantik Wôngsa.

Êmpun yu. Êmpun, samantên mawon, êmpun dilajêng-lajêngake, kula êmpun ngakêni.

Sukur.

Êlo, hla, niki blônja kula kok jangkêp, botên dicêngklong sambutan.

Dara tuwan kok botên dhawuh napa-napa, dadi kula botên ngrêti.

Rajiman kèndêl kemawon ngantos dangu, wusana angêsah kalihan wicantên: Êmpun, yu, klilan, kula ajêng wangsul. Botên langkung manawi salêbête sami kêkêmpalan pinanggih ontên sarusiku kula, bok ayu karsaa paring pangapuntên.

Padha-padha, dhi, kula samontên uga.

Rajiman mêdal saking kamaripun Bok Sura, tumuntên lumampah nêdya wangsul, samargi-margi manahipun ngraos sêdhih dene dipun kèndêli saking padamêlan, tamtu badhe gêsang kanthi ngrêkaos, môngka sambutanipun kathah sangêt. Lan malih gumun, dene lajêng kêtitik, môngka kala mêndhêt ngantos dumuginipun kapasrahakên dhatêng blantik Wôngsa botên wontên tiyang satunggal-tunggala ingkang sumêrêp. Punapa blantik Wôngsa piyambak ingkang cariyos dhatêng Tuwan Hèldhêring, kados mokal yèn puruna.

Sadumuginipun ing griya Rajiman enggal nyariyosakên kasusahanipun dhatêng ingkang èstri.

10. Panggagasipun dhatêng lètêr Dj. S. saya sangêt.

Kados para maos sampun mirsa, bilih bôngsa Walandi ingkang sami ngajawi punika botên mêsthi lajêng dêdunung wontên ing tanah Jawi ngantos dumugi ajalipun, nanging kathah ingkang samasa sampun sêpuh lajêng wangsul dhatêng tanah wutah rahipun piyambak. Dados anggènipun dêdunung wontên ing tanah Jawi punika maligi namung saking nindakakên wajib. Malah adatipun, ing salêbêtipun nindakakên wajib wau sabên sadasa taun sami mrêlokakên wangsul, wontên ingkang jalaran pados kasarasan, sawênèh kapengin tuwi tiyang sêpuh utawi sanak sadhèrèkipun, dipun wastani prêlop.

Tuwan Hèldhêring anggènipun wontên ing tanah Jawi sampun wolulas taun, sawêg prêlop sapisan, dados kalih taun malih jangkêp kalih dasa taun, sawêg kenging prêlop, nanging Tuwan Hèldhêring botên kantos ngêntosi kalih taun wau, amargi nyonyahipun tansah sêsakitên kemawon, têtimbanganipun dhoktêr: yèn botên enggal kaungsèkakên dhatêng nagari Walandi badhe mutawatosi. Makatên malih Prang sampun mangsanipun kasakolahakên dhatêng pamulangan luhur, môngka kala samantên ing tanah Jawi ngriki ingkang nama pamulangan luhur wau dèrèng wontên.

Kala prêlopipun kirang sawulan, Tuwan Hèldhêring kintun sêrat dhatêng Sêmarang, dhatêng Prang, suraosipun suka sumêrêp bilih sawulan êngkas badhe bidhal dhatêng nagari Walandi, Prang kalihan Idhah badhe kaajak, sarta badhe katilar wontên ing nagari Walandi, supados sami nêrusna pasinaonipun wontên ing ngriku. Dene Atmadi, ingkang tamating pasinaonipun taksih kirang sataun malih badhe katilar wontên Sêmarang, dipun kanthèni Bok Sura, saha katitipakên dhatêng Nyonyah Harting. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0 ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 34, 17 Dulkangidah Taun Alip 1859, 27 April 1929, Taun IV

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [517] ---

Ôngka 34, 17 Dulkangidah Taun Alip 1859, 27 April 1929, Taun IV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Makasar

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun kitha Makasar ing sacêlakipun palabuhan. Margi-marginipun kêtingal rêsik angilak-ilak. Palabuhanipun ing ngriku punika agêng, awit dados totoganing kapal saking pundi-pundi, kados ta kapal K.P.M. ingkang lampahipun ngubêngi jajahan Indhia, kapal saking Ostrali, Tiongkok, Jêpan tuwin Amerikah.

--- 518 ---

Raos Jawi

Pratignya Beda kalihan Prasêtya, punapadene Punagi

Ing Kajawèn No. 23, ngêwrat karangan ing bageyan raos Jawi, irah-irahan prasêtya, nanging salêbêting karangan wau botên wontên raosing prasêtya, namung Tuwan Williams ngantêpi tekadipun piyambak. Tumrap ingkang katêmbèn mirêng sagêd ugi badhe mathêm dhatêng raosing têmbung wau, sisip sêmbiripun têmahan sagêd lajêng dados salah kaprah, saminipun têmbung tanggap tarunging lingga: êmong = êmong-ingêmong, sapunika dados: êmong-kinêmong, punapa lingga: kêmong, nanging sampun nama kalajêng (salah kaprah), punika ingkang kula rêksa, saking pangowêl dhatêng ewahipun raosing têmbung kula Jawi, pramila kêpêksa urun pamanggih sakêdhik ing ngandhap punika:

Karangan ing Kajawèn ôngka kasbut nginggil, têmbung prasêtya ingkang kangge upami, 1. aku ora arêp ngingu jaran, yèn dudu jaran tèji, 2. aku ora arêp rabi yèn ora olèh wong sing..., 3. Ratu Kalinyamat botên nêdya nyampingan, manawi dèrèng wontên adiling Pangeran, angadili sedaning sadhèrèk, 4. Dèwi Drupadi botên niyat ukêl manawi dèrèng sagêd jamas rahipun Radèn Dursasana, 5. Dèwi Sri botên nêdya krama manawi botên sagêd angsal satriya ingkang warninipun kados ingkang rayi Radèn Sadana. Sadaya wau sanès têmbung prasêtya, cobi kula aturi nitisakên ing sêrat pakêm Pustakaraja, tuwin Babad Dêmak sasaminipun, mangke badhe mrangguli têmbung pratignya.

Punapa dene karangan wau nyêbutakên: tiyang ingkang prasêtya punika tiyang ingkang sakitan manah. Punika mangke badhe sagêd ngewahakên raosing suraos, oncekanipun makatên: prasêtya: para = tiyang langkung saking cacah satunggal. Sêtya = susêtya = tuhu-tuhu = têmên. Têgêsipun: kêkajêng(karêp)-anipun têtiyang sakalih-kalihipun sami nêdya dipun têtêpi (têmên), dados têmbung: prasêtya, dumunung ing tiyang ingkang karênan utawi sêngsêming manah (ngantêpi tekading manah kalayan mawi kancuh).

Dene têmbung pratignya, dumunung ing tiyang ingkang sakitan manah utawi kacuwan ing manah, nêdya nuruti tuwin ngantêpi tekading manahipun piyambak (botên kalayan mawi kancuh).

Dene langkung têrangipun malih têmbung prasêtya, gampil-gampilan kemawon. 1 kasbut Sêrat Wisaning Ngagêsang sèri nomêr 803 lêlampahanipun Radèn Sujaka lan Radèn Rara Subiyah, ingkang sampun sami prasêtya badhe bêbrayan gêsang, nanging kapêksa ing tiyang sêpuh kaangsalakên ing tiyang sanès, botên sagêd lastantun (saking èngêt badhe ngantêpi prasêtyanipun). 2. Kasbut Sêrat Katrêsnan Donya Akerat sèri nomêr 810 lêlampahanipun Sampèk lan Èngtai, jêjaka lan parawan, neneman kêkalih sampun sami trêsnanipun, wontên sabab sanès, [sa...]

--- 519 ---

[...nès,] botên sagêd kadumugèn wontên ing ngalam donya, kacariyos sagêd rêruntungan wontên ing kalanggêngan (wigatosing gêgêbêngan sampun sami gadhah prasêtya).

Têmbung prasêtya, botên sagêd dipun luwari (angluwari prasêtya) anjawi namung dipun antêpi lan dipun têtêpi, manawi botên makatên, botên nama sêtya.

Mênggah anggènipun Tuwan Mr. Bill Williams ing Amerikah, cuwa ing panggalih dening sawungipun botên sagêd kapilih, lajêng karsa nêtêpi ujar ingkang sampun kawêdhar, grananipun kangge nyurung kacang dumugi ing wêwangên, punika nama: angluwari punagi.

Saminipun wontên upami makatên: ing pêkên malêm R. Darsana ningali kroncong kongkrus, kawêdhar wiraosipun: mêngko sing 1e. pris, mêsthi Siti Maryam, yèn dudu kuwi aku angglundhung saka kursi kene.

Wusana ingkang 1e. pris, hèrlaut. Kocapa, R. Darsana lajêng angglundhung saking kursi sakêdhap. Inggih punika: ngluwari punagi.

Êliding dongèng:

I. Ratu Kalinyamat sapanunggilanipun wau: apratignya.

II. R. Sujaka, lan R. Rara Subiyah: aprasêtya.

III. Tuwan Mr. Bill Williams: angluwari punagi.

IV. panunggilanipun malih têmbung: prasapa lan pêpali. Pasanggiri lan sayêmbara, suraosipun ugi beda-beda malih, ewadene môngsa kêkilapana panjênênganipun tuwan rêdhaktur.

Wigya Sarwana. Surakarta.

N.B. wontên uran-uran sapada, pêthikan saking sêrat babad.

Nimas Ratu Kalinyamat / tilar wisma mratapa anèng wukir / tapa wuda sinjang rambut / nèng wukir Danaraja / apratignya tan nêdya tapihan ingsun / yèn tan antuk adiling Hyang / patine sadulur mami // W

[Grafik]

Ing sisih punika gambar kawontênaning têtiyang ingkang sami tirah wontên ing sanatorium ing Cisaruwah, Bogor, nalika sawêg sami pados hawa rêsik wontên sangandhaping kêkajêngan agêng. Papan patirahan wau inggilipun 3000 kaki, manggèn ing lêlêngkèhing Rêdi Pangrango.

--- 520 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja, Ind. Arts ing Kudus

Sambêtipun Kajawèn nomêr 33.

Limrahipun ingkang kathah tiyang sakit bèri-bèri (avitaminose) punika ing kitha, ing dhusun awis-awis, jalaran tiyang dhusun kathah ingkang nêdha wos tuton enggal, tiyang kitha nêdha wos saking mônca nagari. Dados uwos sosohan (gilingan) punika kajawi jalaran saking kirangipun pantun ing tanah sakiwa têngêning kitha wau, ugi wontên sababipun malih, inggih punika tiyang rumaos isin manawi nêdha sêkul ingkang botên pêthak, uwos abrit, cêkakipun uwos ingkang botên pethak punika kaanggêp asor.

Pangraos ingkang makatên punika kalintu sangêt, uwos ingkang taksih wontên kulitipun punika botên ngêmungakên adamêl kiyat, nanging ugi eca raosipun manawi taksih enggal. Murih sampun ngantos katul wau ical, manawi ngliwêt utawi adang, anggènipun mususi kaangkaha saprêlunipun kemawon, sok ugi sampun ical rêrêgêd ingkang kasar, kados ta: pasir, mêrang lêmbat sapanunggilanipun, botên prêlu pangumbahipun wongsal-wangsul ngantos toyanipun lêri (kumbahan) bêning sangêt.

Manawi adang toya ingkang kangge nyirami uwos saking kukusan, botên prayogi kabucal, dipun anggea nyiram malih, botên prêlu mawi toya enggal. Manawi sêkul sampun matêng wedangipun kenging kangge anduduhi olah-olahan, punika prayogi sangêt, jalaran ing ngriku taksih kathah vitamine-ipun.

Sêkul gurih (wuduk) punika langkung maedahi dhatêng badan, katimbang sêkul limrah. Têtêdhan sanèsipun ingkang maedahi kados ta: daging, tigan, puhan, sayuran lan sapanunggilanipun.

Ing tanah ingkang asrêp hawanipun, tiyang prêlu nêdha têdhan ingkang anggajih, amargi gajih punika damêl bêntèring badan.

Wowohan punika sae, nanging sampun ingkang mêntah utawi kêdalon. Wowohan saking pêkên kêdah dipun kumbah ingkang rêsik sadèrèngipun katêdha. Ing môngsa pagêblug, kados ta: kolerah utawi sanèsipun, tiyang kêdah ngatos-atos, botên kenging nêdha barang mêntah. Sanajan ombèn-ombèn inggih kêdah kagodhog ingkang matêng.

Kadospundi prayogipun tiyang nêdha, lan sapintên ukuranipun.

Pitakèn punika ing sagêbyaran anggumunakên, punapa wontên tiyang dèrèng sagêd nêdha, utawi botên sumêrêp patrapipun nêdha punapadene ukuranipun, janji sampun tuwuk inggih punika tôndha manawi sampun cêkap. Sanajan sajakipun gampil makatên, ewadene saèstunipun botên,

--- 521 ---

amargi pancèn wontên saèstu tiyang ingkang botên sagêd nêdha. Mila ing ngriki prêlu dipun têrangakên sakêdhik.

Wadhuk punika inggih kêdah sagêd ngaso, botên beda kalihan peranganing badan sanèsipun. Mila nêdha punika prêlu mawi dipun êlêti, manawi tanpa kèndêl pun wadhuk botên sagêd ngêjur sadaya têtêdhan wau. Kajawi kêdah êlêt inggih prayogi ingkang ajêg wancinipun. Enjing sadèrèngipun tumapak nyambut damêl sarapan sakêdhik, minôngka pikuwat, siyang kintên-kintên jam 1, lajêng sontên jam 8 nêdha malih minôngka isèn-isèning wêtêng salêbêtipun tilêm, amargi wêtêng kothong punika murugakên botên sakeca tilêmipun, sami kemawon kalihan wêtêng kêtuwukên punika tilêmipun inggih botên sakeca.

[Grafik]

Tiyang ingkang nandhang sakit bèri-bèri.

Sasampunipun nêdha sontên prayogi lajêng botên nêdha punapa-punapa, sabên bibar nêdha prayogi lajêng ngaso sawatawis, prêlunipun supados wadhuk sagêd nyambut damêl.

Tiyang ingkang kasêmbadan manawi nêdha wontên ingkang tanpa watês, jalaran têtêdhanipun kathah, pêpak, sae lan eca, ngantos asring kasupèn prêlunipun nêdha. Kosok-wangsulipun tiyang ingkang mlarat, nêdhanipun botên ajêg, nanging manawi nuju wontên pestan utawi jagongan anggènipun nêdha asring dipun pêng, dados lajêng nêdha kêkathahên.

Sadèrèngipun kaulu têtêdhan punika kêdah dipun mamah, sapisan supados lêmbat, kaping kalih supados ulêt kalihan idu, dados malêbêtipun gampil (lunyu) lan pun wadhuk botên rêkaos anggènipun nyambut damêl. Kajawi idu punika adamêl lunyuning têtêdhan ugi gadhah daya ngêjur sari-sari ing lêbêting têtêdhan ingkang prêlu tumrap dhatêng badan. Botên prêlu kajèrèng kadospundi lêlampahanipun têtêdhan wontên ing salêbêtipun badan, namung cêkap kula aturakên bilih têtêdhan wau taksih dipun jur malih dening wadhuk sarana kaulêt-ulêt, amargi sanajan kita botên kraos, wadhuk punika inggih tansah ebah botên beda kalihan jantung. Kajawi punika jur-juran têtêdhan wau taksih kacampur malih kalihan dzat-dzat [dza...]

--- 522 ---

[...t-dzat] ingkang tuwuh wontên salêbêting wadhuk, rêmpêlu lan usus, ingkang sagêd anggampilakên lêmbatipun sarta pamêndhêtipun sari-sari ingkang prêlu dhatêng badan. Dene ingkang mradinakên sari-sari utawi dzat-dzat wau dhatêng badan sakojur punika êrah. (Badhe kasambêtan)

Pawartos Wigatos

Pakaryan ing Kapal Marinê

Sambêtipun Kajawèn nomêr 33

Dene padamêlan masang pasangan dhinamit, punika katindakakên dening kapal kangge masang pasangan dhinamit, upaminipun Hr. Mr. Krakatau.

Murih para mantrus punika sagêd nindakakên wajibibun, sadaya sami angsal panggulawênthah ing bab wulangan utawi ngêcakakên damêl saking punggawa ingkang paham dhatêng bab ingkang kawulangakên.

Tumrap angladosi pirantos-pirantos ingkang kasêbut ing nginggil, kêdah kulina sawatawis dhatêng cara-caranipun anglêpasakên mriyêm, pirantos anglêpasakên torpedho tuwin sanès-sanèsipun.

Ing sadèrèngipun sagêd yêktos dhatêng sawarnining pangajaran sadaya wau, kêdah sinau kanthi tumêmên. Sabên dintên kêdah sinau tumêmên, bilih padamêlanipun wau tumraping marine badhe kangge ing môngsa pêrangan.

Kajawi punika tumraping wadya lautan, sami dipun lunggèni murih sagêdipun angsal sêrat partisara, upaminipun partisara tumrap mriyêm, suka sasmita, juru ngukur saking katêbihan, juru nyilêm tuwin sanès-sanèsipun. Sêrat partisara wau sawarni sêrat katrangan, amratelakakên bilih tiyang ingkang anggadhahi anyêkapi dhatêng wajib ingkang dipun lampahi. Tiyang ingkang angsal partisara wau kêdah ingkang lulus saking satunggaling kursus.

Piwulang wau katindakakên wontên ing kapal, sagêd ugi wontên ing dharatan, tumrap satunggal-satunggaling sêrat partisara mawi angsal indhakan balônja.

Samantên ringkêsaning pêpathokan tuwin kuwajibaning mantrus ingkang nyambut damêl dados wadya lautan.

Dene sêtokêr punika kalêbêt golonganing punggawa kamar mêsin. Panyambutdamêlipun wontên ing kètèl utawi ing kamar mêsin salêbêting kapal. Kajawi punika ugi nyambut damêl wontên ing sêkoci sêtum utawi sêkoci motor, wontên ing ngriku ngupakara tuwin anglampahakên mêsin-mêsin sêtum utawi motor.

Bilih anggèning dados sêtokêr klas 1 sampun sataun, kenging kadadosakên Stokerolieman. Ing bab punika kêdah sinau wontên ing Surabaya, laminipun sataun. Wusana sagêd angsal wulangan malih sagêdipun dados kopral masinis.

--- 523 ---

Ing wêkasanipun punggawa marinê punika ugi dipun wulang supados sagêd tumindak kados saradhadhu dharatan, makatên wau manawi prêlu. Saperanganing punggawa dhèg punika dipun dadosakên landingsdivisie, dados kêdah nanggulangi mêngsah ing dharatan, upaminipun ngrêbat beteng, manara pandhêlikaning mêngsah ingkang wontên ing pasisir.

Murih kêcêkaping prêlu punika, mila landingsdivisie pintên-pintên kapal asring dipun sinau pêpêrangan wontên ing dharatan.

Katrangan ingkang kapratelakakên ing karangan punika, têtiyang lajêng sagêd mangrêtos, bilih punggawaning kapal pêrang punika kêdah sinau kanthi tumêmên, murih kapalipun wau dados kapal pêrang ingkang prayogi, ingkang kenging kangge nanggulangi mêngsah ing môngsa pêrang, kanthi manggih wohipun.

Jagading Wanita

Pèngêtan Lêlabêtanipun Suwargi Radèn Ajêng Kartini

Ing Kajawèn nomêr 33 bageyan Kabar Warni-warni martosakên ing bab anggèning pakêmpalan Margining Kautaman ing Batawi damêl pêpanggihan, prêlu amèngêti bilih ing tanggal 21 April kapêngkêr, saupami Radèn Ajêng Kartini taksih sugêng sampun yuswa 50 taun. Ing ngriki mratelakakên mênggah kawontênanipun ing pakêmpalan wau.

Ing dintên wau wanci jam 4.30 para warga ing pakêmpalan kasêbut ing nginggil, tuwin tamu sêdhahanipun pakêmpalan, sampun sami pêpak, manggèn ing griya pakêmpalan P.M.R. ing Kêmayoran.

[Grafik]

Kamar pasinaonipun suwargi Radèn Ajêng Kartini, ing Jêpara.

Pangarsaning pakêmpalan, Nyonyah Mustajab, mêdhar sabda ngaturakên panuwun dhatêng para tamu, dene sami kaparêng mrêlokakên rawuh, tuwin ngaturakên panuwun dhatêng pakêmpalan P.M.R. ing bab ang- [ang...]

--- 524 ---

[...-] gèning maringi papan kangge kêmpalan ing dintên wau. Salajêngipun amratèkakênamratelakakên. mênggah sêdyaning pakêmpalan ing dintên wau prêlu amèngêti dhatêng lêlabêtanipun suwargi Radèn Ajêng Kartini, lan sarèhning ing dintên wau saupami Radèn Ajêng Kartini taksih sugêng têtêp yuswa 50 taun, mila ing wanci jam 10 lêrês, sadaya priyantun ingkang wontên ing ngriku sami kaaturan kèndêl ngêningakên cipta 1 mênit, prêlu andêdonga tuwin angluhurakên dhatêng asmanipun ingkang sampun suwargi. Dene andharan lêlabêtanipun suwargi ingkang linuhurakên wau badhe kapratelakakên ing panjênênganipun Nyonyah Suparta.

[Grafik]

Para pangrèhing pakêmpalan Margining Kautamèn ing Kêmayoran, Wèltêphrèdhên.

Jam 10 lêrês ing pakêmpalan nyênyêt botên wontên sabawa ingkang kumlisik, ing salêbêtipun nyênyêt wau araos isi pamujining batos ingkang tanpa kêndhat. Wusana sabibaring ngêningakên cipta, pangarsa angacarani dhatêng Nyonyah Suparta, kaparênga mêdhar sabda ing saprêlunipun. Ing ngriku Nyonyah Suparta lajêng minggah ing podhium, saha mêdhar sabda ingkang ringkêsaning suraosipun kados ing ngandhap punika:

Pamêdhar sabda anglairakên suka bingahing manah tuwin sukur, dene ing pakêmpalan ngriku kêtingal bilih para tamu sarju tuwin sayuk ing galih, kados raos ingkang dipun sêdyakakên wontên ing dintên wau. Ing pamuji sagêda lulus lêstantun. Mênggah ing bab ucap-ucapan Kartini, kados sampun botên wontên ingkang kêkilapan, ewadene ugi prêlu kapratelakakên sakêdhik.

Radèn Ajêng Kartini punika putrinipun ingkang bupati ing Japara ingkang jaman tigang dasanan taun saprika, inggih punika sawênèhing putri ingkang kêdunungan raos luhur, langkung sasamining putri. Tumrapipun wontên ing jaman sapunika kenging dipun wastani satunggaling putri ingkang majêng kanthi adhêdhasar sucining panggalih, ingkang mikantuki dados jalaran majênging golongan èstri.

Suwargi Radèn Ajêng Kartini ngrumaosi, bilih ancasing sêdyanipun punika kêbak èwêd-pakèwêd, nanging mêksa botên badhe dipun unduri, dene wosipun nêdya nyantuni jamaning wanita kina murih ngambah ing jaman kamajêngan. Kandhêgipun wau dening èwêd-pakèwêd ingkang pinanggih ing tatanipun kasusilan kina, ewadene jalaran saking kêncênging sêdyanipun, lajêng angsal wêwêngan saking palilahipun ingkang rama, sagêd anglairakên saraosing galih kanthi kintun-kinintun sêrat,

--- 525 ---

punapadene ngarang wontên ing kalawarti. Ing ngriku panjênênganipun rumaos kobèt sagêd angêmori dhatêng jaman kamajêngan.

Miyosipun Radèn Ajêng Kartini punika wontên ing tanggal 21 April 1879, sedanipun wontên ing tanggal 17 Sèptèmbêr 1904 dados sugêngipun namung wontên salêbêting 25 taun. Eman.

Nalika yuswa 12 taun, tamat saking pamulangan Walandi andhap, nanging lajêng dipun sêngkêr ingkang rama. Ing ngriku para mitranipun sami gadhah atur pamrayogi dhatêng ingkang rama, supados putranipun sagêd lêstantun anglajêngaken pangudinipun kawruh. Pamrayogi wau mêksa botên sagêd kasambadan, ananging ing wusananipun sawarnining pangudi tuwin wohing pamanggihipun Radèn Ajêng Kartini sagêd kasêmbadan sadaya, lumantar saking kintun-kinintun sêrat, punapadene saking wêwaosan. Lan malih dumuginipun sapunika wohipun sampun katingal sadaya.

Mênggah kamardikan ingkang dados pangajêng-ajêng, punika sanès kamardikaning tiyang nêdya bingah-bingah, nanging kamardikaning ngudi dhatêng kawruh, têgêsipun sampun ngantos dipun alang-alangi dening tatacara sapanunggilanipun. Inggih raos kados makatên punika ingkang manjing wontên dhêdhasar raosipun Radèn Ajêng Kartini, lan sarananing pangudi kanthi sucining panggalih. Dene pinanggihipun ing wingking badhe migunani agêng tumrap tiyang ingkang dados ibu, awit lajêng nama ibu utami. Mila tumraping ibu anulada tindakipun ingkang sampun suwargi. Lan angèngêtana tindak utami punika gêsang ing salami-laminipun.

Dene ing dintên wau kalêrês dintên têtêpipun 50 taun, saking miyosipun Radèn Ajêng Kartini, dados anggèning mèngêti punika atêgês angluhurakên dhatêng wanita ingkang dados sêsêpuhing kamajêngan, lan tumanêma tuwin dadosa tuntunan sagêdipun nunggil kados raosipun ingkang pinèngêtan punika.

Samantên mênggah cêkakaning sêsorahipun Nyonyah Suparta. (Badhe kasambêtan)

Pawartos saking Administrasi

Sabên môngsa kwartalan makatên punika, kathah sangêt sêrat-sêrat saking para prayantun lêngganan, ingkang wosipun namung mundhut priksa bab anggènipun sami ngintunakên arta lêngganan, sampun katampi punapa dèrèng. Manawi sêrat ingkang makatên wau sadaya kêdah kula wangsuli ing Kajawèn, sampun têmtu badhe ngathah-ngathahi papan, amila wiwit ing dintên punika administrasi namung badhe mangsuli sêrat-sêrat ingkang prêlu kemawon, dene bab arta ingkang sami kakintunakên, punika cêkap ngrimat rêsi ingkang saking pos kemawon, saugi Kajawèn botên mogok pisowanipun, punika sampun dados tôndha yêkti bilih sampun ambayar (botên nunggak).

--- 526 ---

Waosan Lare

Sadulur Tunggal Suson

VII. Pangeran Warsaya dikendhangake

[Durma]

sanalika duka Pangeran Warsaya / ngandika lan nudingi / kowe pancèn nyata / lali nyang kabêcikan / mênyang aku padha wani / gawe piala / êmung jalaran wêdi //

ora eling nyang suwargi kangjêng rama / têgêl têmên nglakoni / nanging ayo coba / yèn dhasar kowe nyata / rumasa padha prajurit / kene nyêdhaka / rasakna tak têmpiling //

sakabèhe barêng krungu sumbar-sumbar / atine amrêkitik / ana wong wis tuwa / pangkate dadi lurah / brêngose sakêpêl sisih / nyêdhak pangeran / ditêmpiling angglinting //

lan tumuli didhupak nganti mancêlat / tibane angêbruki / dicêngkah ing kônca / mak gabrus tiba nglêmah / rai babak pringas-pringis / karo sêsambat / rada kamoran isin //

sapa mau sing nguncalke awakku ya / kuwi rak jênêng main / ora niyat ngeman / lan ora nulungana / malah niyate matèni / lali ing kônca / mung waton anandangi //

iki gilo rai nganti babak bundhas / mêngko rak gawe pangling / wise ngono mak nyat / ngadêg sumingkir ngiwa / ana kônca anggrêmêngi / lah kuwi apa / jênêng tanpa têgês wis //

mêtu-mêtu tanpa gawe mung sadhela / sasate Buta Cakil / samana pangeran / ngangsêg wani anêrak / sing kacandhak dicamêthi / tiba glangsaran / sawênèh mlayu mlêncing //

kabèh giris padha mlayu nunjang-nunjang / ora ana sing wani / nuli jêng pangeran / nèng dalan malang kadhak / karo ngawe dikon bali / ayo mrenea / dene mung padha ngênthir //

êmbok êmban banjur anyandak sampeyan / mangkonemangkono. uga Palih / bok êmban ngrêrêpa / sampun-sampun bandara / yèn nguja sêrênging galih / pedah punapa / bok anarimah gusti //

jêng pangeran isih andhrêdhêg ngandika / wis biyung karo Palih / padha sumingkira / yèn ora ngono tuman / kowe sing tak marinanimurinani. '/ dene wong tuwa / bangêt digiri-giri //

dupèh lagi padha duwe panguwasa / uwong dianggêp mrêki / ngatase wong tuwa / sing uwis tanpa daya / pirabara diajèni / kok malah ora / têgêl agawe sêrik //

ngilangake gone duwe anak lanang / aku karo Si Palih / apa ya dikira / ora duwe murina / wis padha mênênga bêcik / wong ing nagara / môngsa wania bali //

êmbok êmban mangsuli karo ngrêrêpa / o inggih lêrês gusti / panjênêngan mrina / mrinani dhatêng kula / ananging botên pun galih / ingkang sakeca / pinanggihipun wingking //

tamtunipun panjênêngan sapunika / sampun amanggih ciri / mokal yèn sagêda / wangsul dhatêng nagara / lajêng nama kadospundi / kula sadaya / badhe mêmêlasasih //

Palih nyêla [nyê...]

--- 527 ---

[...la] aku biyung uwis kôndha / mungguh prakara iki / atiku wis krasa / yèn nganti kêlakona / aku lunga karo gusti / mêsthine bakal / thukul prakara buri //

apa lidok panêmuku dhèk samana / dadine ngene iki / awit aku ngrasa / uwong yèn kalah tuwa / apa ta prêlune wani / lan manèh nyata / pancèn anane ringkih //

angandika pangeran asêmu duka / nanging wêtune lirih / bok wis aja kôndha / ngrêmbug sing uwis kliwat / apa ta prêlune kuwi / apa ya bisa / rêmbugmu ambalèni //

durung nganti tutug anggone ngandika / sumêla Jaka Palih / punika punapa / gusti ingkang katingal / kados ampak-ampak mriki / o gusti tiwas / mêngsah agêng murugi //

ora suwe ing wujude saya cêtha / yèn ta sing têka kuwi / prajurit nagara / rame asurak-surak / aloke anggêgirisi / ayo pangeran / nungkula bae bêcik //

sanalika pangeran arêp anglawan / ananging digondhèli / Palih lan bok êmban / bangêt gone ngrêrêpa / o bok inggih sampun gusti / luwung nungkula / tamtu wilujêng gusti //

jêng pangeran uwal karo angandika / wis ta nyingkira Palih / lan biyung mranaa / mapana ing gon kiwa / wis êbène aku mati / aja ko eman / pancèn wis tak niyati //

ora suwe mak gêrudug mungsuh têka / banjur angêpung wani / karsane pangeran / sabisa-bisa nglawan / nanging dikêpung tumuli / ora bisa wal / dicêkêl ditalèni //

êmbok êmban nangis lan kêrônta-rônta / unine andrêmimil / o bok rada wêlas / niku harak pangeran / ampun disawiyah wani / ajriha halat / benjing têmbene buri //

ora pisan unine bok ban dirasa / dening mungsuhe kuwi / êmung sang pangeran / nuli alon ngandika / wis môngsa bodhoa Palih / aku mung pasrah / biyung gawenên bêcik //

jêng pangeran banjur budhal dirêrompa / bok êmban karo Palih / ditinggal nèng dalan / bangêt anggone susah / mungguh sêdyane ing ati / mung arêp lunga / nanging bokne ngribêdi //

saupama êmbokne milu digawa / mêsthi mung dadi ati / rêndhêt ana dalan / ananging saupama / ditinggal mêmêlasasih / kono bok êmban / iya ngrasa ing ati //

nuli kôndha wis ta thole mangkene ya / kowe nusula gusti / êtutna saparan / aku abangêt wêlas / têlungane aku iki / ana nagara / gampang agolèk urip //

Jaka Palih atine ya krasa lêga / banjur bae nututi / ing kangjêng pangeran / kang bangêt kasangsara / lakune Palih tumuli / cêdhak bandara / kaya runcungan buri //

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun tanêman karèt sawêg umur 1½ taun. Ingkang katindakakên dening bôngsa Jawi ing dhusun Kaliangkrik, èrèng-èrènging Rêdi Sumbing.

--- 528 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Darmawisatanipun Petruk dhatêng Tanah Jawi Têngah

XIV.

Garèng : Wis Truk, saiki caritakna nyang aku kandhamu lagi anu kae, yaiku layang kabar utawa kalawarti Jawa sabisa-bisa kudu nganggo basa Surakarta, kênangapa kok sabisa-bisa, ora banjur ditêmtokake bae: kudu nganggo basa Surakarta. Dadi prêlune bisa ngênggoni basa sapanggonan bae. Padhane wong nonton wayang, nèk ing kono basane nyara warna-warna, têmtune rak ora kêpenak dirungokake, upamane bae mêngkene, pangandikaning satriya nyang rasêksa: Buta, buta, mara majua barêng, ngarêp sayuta, buri sakêthi, Radèn Arjuna masa tinggala galanggang acolong playu. Kèri-kèri Butane banjur mangsuli mêngkene: idug-idug busèt, tuli banjur ngunthuk, yèn nyata satriya ora kêcing, musuh karo aku, aja ngacir. Mara, pikirên, apa iya kapenak dirungokake.

Petruk : Lho, yèn bab prakara wayang kuwi rak beda bangêt, awit mungguhing pawayangan, sing nglakokake, sing nyaritakake, sing ngrêngga-ngrêngga wayange mau mung wong siji, yaiku sing jênêng dhalang, mulane rêrêmbugane ya mung sawarna lan miturut cengkoke dhalange, apa manèh rèhning wayang iku tumrape wong kang padha ahli kawruh kabatinan, dianggêp pasêmon kahanane jagad gêdhe lan jagad cilik, yaiku kanggo têtuladan lêlakone donya lan lêlakoning awake manusa, wiwit lair tumêkane ajale, dadi iya aja kok padhak-padhakake mêngkono.

Garèng : Ewadene aku wis tau nonton wayang, sing dhalange ora siji bae, nanging pirang-pirang, tandhane yèn gamêlane wis wiwit diunèkake: dhung udhung udhung, byèng, byèng, kuwi wayange sing mêtu nganti ana wolu tumêkane sapuluh, ing sarèhning manusa kuwi tangane mung loro, sanadyana dhalang pisan, dadi aku banjur bisa ngarani yèn dhalange mau ora mung siji, nanging iya wong papat lima. Ewadene rêrêmbugane iya mung sawarna.

Petruk : Sing kok kandhakake kuwi rak wayang putèhi, mula ya nyata yèn dhalange ora mung wong siji bae, nanging têlu papat tumêkane lima. [li...]

--- 529 ---

[...ma.] Ewasamono kowe sumurupa, yèn sing nyaritakake, sing ngrêngga-ngrêngga wayange mau mung wong siji, liya-liyane mung dadi pambantune bae. Padhane motor, kuwi bênêr ana kênèke utawa pambantune, nanging kahanane motore, dadi iya sing nglakokake, sing ngrigênake, cêkake sing nanggung bêciking motore rak iya supire.

Garèng : Kêcandhak saikine, dadi kowe wis ngakoni, sanadyan supir kuwi dikanthèni kênèk utawa pêmbantu, nanging kabêcikaning motore iya dadi tanggungane supire. Lha, apa kiyi ora padha karo kahanane layang kabar utawa kalawarti, ing kono rak wis dianani wong apangkat up rêdhaktur, yaiku wong sing kêjibah nanggung ala bêciking layang kabar utawa kalawartine, dadi bêciking isi lan basane iya up rêdhaktur mau sing nanggung, nèk kalawartine basa Jawa, up rêdhakture mau iya kudu diwajibake ngisi karangan-karangan nganggo basa Surakarta, iya iku basa kang dadi panutane basa Jawa. Kêrêp bae ana kalawarti, wiwitane mêtu, wah, basane le alus, le lêmês, sajak nyara Sala cêkèk, nanging barêng uripe wis ana sawatara môngsa, basane banjur padha pating garuwal ora urus. Lha, kuwi sing pantês dijèwèr irunge, dipithês kupinge ora liya iya wong sing kajibah nanggung mau, iya iku sing dadi up rêdhakture. Sudane bêciking basa kuwi, êmbuh up rêdhakture dadi sugih aras-arasên, êmbuh jalaran saka karawuhan dèn bagus kênès. Mulane iya ora kêna dipaido, yèn ana sawênèhing priyayi ngandikakake basane kalawarti Kajawèn kuwi dèk biyèn luwih bêcik tinimbang sajroning têlung sasi patang sasi kiyi, apa ora mêsthine, yèn up rêdhakture kudu dikêbut wêtênge.

Petruk : Tak pikir-pikir wong dadi up rêdhaktur kuwi kok ora beda karo wong dadi tukang ngêgong, tukang ngêgong kuwi nèk anggone nindakake kuwajibane bênêr, apamanèh sing ngalêmbana, sing ngaruh-aruhi bae iya ora ana, sabab bênêre kuwi dianggêp wis mêsthine, nanging nèk kaliru sathithik bae upamane anggone nabuh gong kasèp sasêkon bae, lha kuwi kalakon dipisuhi ngalor ngidul, malah nèk ora kabênêran, kalakon disawat susur tlèdhèke têmênan. Mêngkono uga pangkat up rêdhaktur, nèk panindaking pagaweane bênêr, iya dianggêp kayadene wis mêsthine, nanging nèk ana kalirune sathithik bae, jênênge sida rêsik pêcêrèn têmênan. Kaya ta unimu mau: wiwitane mêtu, basane kalawarti sajak nyara Sala cêkèk, nanging suwe-suwe basane banjur suda bêcike. Lho, sabab-sababe kuwi mangkene: layang kabar utawa kalawarti kuwi sing ngarang wiwitane iya mung para redhakture bae, dadi karang-karangane iya bisa ajêg, suwe-suwene ana priyayi sing krêsa mrêlokake ambantu karangan, kang agawe ènthènging pagaweane up rêdhakture, nanging kadhang kala iya sok agawe susahe up rêdhakture mau, awit sakèhing priyayi sing padha krêsa ambantu karangan mau, ora kabèh padha ahli ngarang, lan wêwatêkane iya warna-warna, ana sing lêga panggalihe yèn karangane [ka...]

--- 530 ---

[...rangane] diowahi, ana sing dadi jèngkèl, malah ana sing mêtu dadi lêngganan, marga ora dipacak karangane, lan sapiturute. Kajaba kuwi kowe aja kalalèn, carane ngarang siji-sijining wong kuwi beda-beda, up rêdhaktur ora bisa mêksa supaya ngarang cara awake, dadi pamacake karangan-karangan saka jaba kuwi sabisa-bisa iya dilugokake, sing diowahi ya mung sing prêlu-prêlu bae, mulane tumraping basane iya ora bisa ajêg bêcike kaya dene basa Surakarta, wis, samene bae dhisik, liya dina padha dibanjurake.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Sarèhning kathah tiyang ingkang dèrèng mangrêtos dhatêng bab wontêning barang kina, parentah amradinakên sêrat sêbaran, mratelakakên bilih barang-barang kina ingkang agêng ajinipun kêdah têtêp manggèn ing Indhia utawi kasimpên wontên ing gêdhong museum ingkang sagêd dipun dhatêngi ing ngakathah. Mila sintên ingkang manggih barang kina kêdah dipun lapurakên dhatêng Oudheidkundige Dienst. Parentah nyadhiyani ganjaran arta dhatêng tiyang ingkang manggih, lan bilih pinanggihing barang wontên pasitèning parentah, ingkang manggihakên angsal ganjaran sapalihipun, nanging parentah inggih botên kawratan amaringi palilah wêdaling barang kina wau saking tanah Indhia, bilih migunani tumrap museum liya nagari, tuwin botên nêrak wigatosing museum. Wêdaling barang ingkang dipun anggêp kalêmpakaning barang Bataviaasch Genneootschap, ingkang tanpa palilahing pangagênging dhepartêmèn pangajaran, mawi ginantungan paukuman.

Para mudha tilas murid Taman Siswa ing Ngayogya mêntas sami kêmpalan, prêlu ngrêmbag badhe ngêdhêgaken pakêmpalan, kalampahan sagêd ngadêg, kanamakakên P(ersatoean) B(ekas) M(oerid) T(aman) S(iswo). Saha wiwit benjing wulan ngajêng punika badhe ngêdalakên sêrat wulanan kanamakakên: Subur.

Wontên pawartos, lotre agêng Jang Seng Ie, badhe kasade wiwit tanggal 29 wulan Mèi ngajêng punika.

Awit saking kaparêngipun parentah, tinging. taun punika badhe ambikak pamulangan Walandi andhap 15, pamulangan tiyang siti klas kalih 100, pamulangan dhusun 400. H.I.S. tuwin Sêkakêl 12, Milo 2. Pamulangan Milo kêkalih wau, ingkang satunggal wontên ing Pêkalongan, satunggalipun dèrèng tamtu. Kajawi punika ing Japara dipun wontêni kursus ngukir tuwin pamulangan patukangan, ingkang mawi dipun sadhiyani panggenan kangge lare-lare Eropah.

Nalika dintên Kêmis tanggal kaping 18 April 1929 tiyang ing dhusun Banggi (Rêmbang) amanggih jabang bayi èstri nêmbe lair wontên ing galêngan sabin, jabang bayi wau pinanggih taksih gêsang, nandhang tatu kaprênah ing suku tuwin gulu kiwa katêdha sêmut, pulisi ingkang wajib lajêng anindakakên madosi biyungipun jabang bayi. (L. 621).

Pangadilan landrad ing Bandhung mêntas ngrampungi prakawisipun pasakitan ingkang kadakwa mêndhêt sêsupe agêm dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ing Surakarta, ingkang ical wontên ing Bandhung. Pasakitan kaukum kunjara sataun.

Lulus iksamên dhoktêr Indhia perangan kapisan ing Stovia, Mas Mulyataruna, asli saking Pakualaman, Ngayogya.

Katêtêpakên nyambut damêl wontên pamulangan luhur dhoktêr ing Batawi, Dr. Sarjita.

Tuwan W.R. Supratman, ingkang ngarang kidungan Indonesia Raja inggih punika kidunganing kaum kabangsan, tampi sêrat saking Prof. Haushoven ing Munchen tuwin Mr. Walter Book Coy ing New York, sami nêdha palilah badhe mrêtal kidungan wau ing basa Jêrman, Inggris tuwin Prancis, sêtudhèn-sêtudhèn ing Cairo sampun mrêtal kidungan wau ing basa Mêsir tuwin Arab.

Kala ing dintên Ahad tanggal 14 wulan punika ing gêdhong P.N.I. ing Batawi wontên parêpatan, prêlu nêtêpakên manunggilipun pakêmpalan-pakêmpalan kopêrasi ing Batawi, ing ngriku ugi ngrêmbag badhe ngawontênakên konggrès kangge miyarakên pakêmpalan-pakêmpalan kopêrasi ing panggenan sanès-sanèsipun, kintên-kintên konggrès wau badhe wontên ing wiwitaning wulan Agustus. Ingkang dados lid kumisi Tuwan Mr. Sartana, Tuwan Tamrin tuwin sanès-sanèsipun.

--- 531 ---

Lulus kandhidhat iksamên perangan wiwitan, ing pamulangan luhur pangadilan, Mas Mulyadi Dwijadarma, Mas Ibrahim, Radèn Supangkat.

[Grafik]

R.A.A.A. Jayadiningrat.

Ing sarèhning kapal Prancis ingkang nglangkungi Singgapura botên wontên panggenan, kala tanggal 24 wulan punika, panjênênganipun Radèn Adipati Arya Ahmad Jayadiningrat sawêg bidhal dhatêng Eropah, nitih kapal Sibajak saking Tanjungpriuk, lan kawartosakên malih bilih tindakipun wau botên nyèlèhakên padamêlan anggèning dados warga gêdhêlêgirdhê rad kawula. Sêsampunipun anjênêngi konprènsi wontên ing Geneve, saking kaparêngipun parentah kaparêngakên lajêng dhatêng nagari Walandi, Jêrman tuwin Ostênrik, prêlu supados nyatitèkakên dhatêng wontêning tatanan golongan kaum têngahan ing bab among dagang tuwin panggaotan, punapa dene cara-cara ingkang tumindak tumrap golongan kaum têngahan ing ngrika.

Pangadilan rad pan yustisi ing Batawi mêntas ngrampungi prakawisipun dakwa bôngsa Pormosah nama Tai Cho So, prakawis ngintunakên morpini pêtêng. Dakwa kaukum kunjara 2 taun tuwin dhêndha f 5000.-.

Wontên pawartos, N.I.S. anyondhongi prajangjianipun S.S. miturut tatanan enggal, ing margi Surakarta-Ngayogya. Wiwit tanggal 1 Januari 1930 sadaya sêtatsiun ing tanah Jawi botên migunakakên loncèng sasmita angkating sêpur malih.

Konggrès B.O ngajêng punika badhe manggèn ing Bandhung, waragading konggrès badhe kasanggi pang B.O. ing Bandhung.

Kala dintên Ngahad kêpêngkêr P(enoeloeng) K(esangsaran) O(emoem) ing Batawi, adamêl parêpatan umum, manggèn ing gêdhong H.I.S. Muhamadiyah ing Kêmayoran. Ingkang sami rawuh kirang langkung priyantun 150, wosing rêmbag, angudi murih P.K.O. sagêd majêng.

Wontên pawartos, pulisi sampun sagêd nyêpêng bôngsa Tionghwa satunggal tuwin tiyang siti tiga, sadaya sami kenging panggrayangan ingkang anjalari tuwuhing bêbaya latu pintên-pintên panggenan ing Sukabumi.

Wontên sawênèhing tiyang siti nyipêng hotèl Tionghwa ing Batawi, wusana kesah kanthi ambêkta gramapun. Sanès dintên ingkang gadhah hotèl tampi sêrat saking pos, suraosipun kapurih dhatêng ing griyaipun tiyang ingkang mêndhêt barang wau, sorogipun sampun dipun tilar, supados mêndhêti barang-barangipun. Ingkang gadhah hotèl anglêksanani, nanging sarêng dumugi ing griya ingkang dipun purugi, botên wontên barangipun ingkang majaji. Wusana tiyang ingkang nginggatakên gramapun wau kêcêpêng wontên ing Bandhung.

Ing margi antawising Cirêbon Têgal, wontên oto bis langkung lajêng kèndêl wontên sacêlaking têtiyang ingkang sami nyambut damêl wontên ing sabin, lajêng dipun sèrèt minggah dhatêng oto. Têtiyang wau lajêng sami jêlèh-jêlèh nêdha tulung, wusana sami sagêd uwal. Ing bab punika pulisi gadhah pangintên, bilih tindak wau gayutan kalihan bab wèrêkan kuli kontrak.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 2195 ing Kêdhunglumbu. f 3.- sampun katampenan, nuwun.

Lêngganan nomêr 3341 ing Ngawèn. f 150.- sampun katampenan, nuwun.

Lêngganan nomêr 803 ing Surabaya. f 150.- sampun katampenan, nuwun.

Lêngganan nomêr 1166 ing Bojong. f 1.- punika tumrap wulan April + Mèi. Dados 2e kl. kirang f 0.50.

Lêngganan nomêr 355 ing Maospati. f 1.50 punika tumrap wulan Marèt dumugi Mèi 29.

Pawartos Wigatos

Pangajêng-ajêngipun administrasi Kajawèn sagêda lêstantun angintuni kalawartinipun dhatêng para lêngganan. Murih kasêmbadaning pangajêng-ajêngipun wau, mugi para lêngganan ingkang dèrèng ambayar rêgining Kajawèn kwartal II lajêng kaparênga ngintunakên.

Adm.

--- 532 ---

Wêwaosan

Pêpisahan 27 Taun

Karanganipun Mw. Asmawinangun ing Jatilawang, Purwakêrta

24.

Suraosing sêratipun Tuwan Hèldhêring ingkang kados makatên wau saèstu damêl bingahing manahipun Prang tuwin Idhah, nanging damêl prihatosing manahipun Atmadi. Sarta saya cêlak kalihan bidhalipun Tuwan Hèldhêring, prihatosing manahipun sangsaya kêtingal cêtha, ngantos damêl kêndhoning pasinaonipun. Salêbêtipun maos utawi ngapal-apalakên asring-asring mandhêg sarta lajêng adhêlêg-dhêlêg ngantos dangu, ngèmpêri kadosdene sawêg kamitênggêngên makatên, malah asring-asring lajêng kalajêng dados ambrêbês mili. Sampun wongsal-wangsul Prang tuwin Idhah nglipur, nanging tanpa damêl.

Ing sawênèhing dintên watawis jam satêngah gangsal sontên, Atmadi ngadêg piyambakan wontên sangandhap pêlêm ing sawingkingipun griya, ulatipun suntrut, tanganipun sidhakêp, ngèmpêri kadosdene tiyang ingkang sawêg nandhang prihatos sangêt, ngantos dangu tansah ngadêg anjêjêr, botên mobah botên mosik, namung alisipun kemawon ingkang tansah minggah mandhap botên kèndêl-kèndêl, mracihnani bilih sawêg anggagas-gagas satunggalipun prakawis ingkang nyêdhihakên manahipun.

Kacariyos Prang, kala sumêrêp kawontênanipun Atmadi kados makatên wau ngraos botên sakeca ing manah, enggal nyêlaki saha takèn: Kowe lagi apa, Di.

Atmadi mangsuli: Ora apa-apa.

Yèn ora apa-apa ayo padha dolan mênyang plabuhan, jare ing sore iki ana kapal api têka.

Aja dadi atimu Prang, aku ora bisa, aku ora kapenging dolan.

Ora ngono Di, dak sawang-sawang kowe têka tansah susah bae kuwi kang dadi sababe apa.

Sajroning limalas dina iki kowe wis takon marang aku mangkono ping pira, Prang.

Iya Di, aku pancèn wis rumasa dhewe, dhasar wis ping ora karu-karuwan, nanging eman-eman, dene sabên aku takon, wangsulanmu ora bisa marêmake atiku, dadi saiki aku kêpêksa takon mangkono manèh.

Aku ora bisa, Prang, nganakake wangsulan kang marêmake atimu.

Wong mung arêp ditinggal papah sataun bae kok nganti kaya mangkono susahmu.

Atmadi kèndêl kemawon, malah lajêng nêbihi, kesah dhatêng panggenan sanès. Prang enggal wangsul, mêndhêt buku ing kamaripun, sarta dipun waos wontên ing latar, dados botên saèstu kesah dhatêng plabuhan, jalaran Atmadi kaajak botên purun.

Miturut ungêlipun sêrat Tuwan Hèldhêring badhe dhatêng Sêmarang ing tanggal 20 wulan Mèi. Yêktos, sarêng dhawahing tanggal ingkang kasêbut ing nginggil, watawis jam satêngah nêm tuwan tuwin nyonyah dhatêng, Bok Sura botên kantun. Sêsampunipun sami adus lan santun pangangge tuwan tuwin nyonyah lajêng sami lêlinggihan wontên ing èmpèr ngajêng kalihan Tuwan Harting jalêr èstri, Prang, Idhah tuwin Atmadi ugi kêmpal wontên ing ngriku, sadaya kêtingal sami bingah, namung Atmadi piyambak ingkang botên. Tuwan tuwin Nyonyah Hèldhêring ugi sumêrêp dhatêng prakawis wau, nanging rewa-rewa botên mangrêtos kemawon.

Enjingipun Tuwan tuwin Nyonyah Hèldhêring mlampah-mlampah, Prang, Idhah tuwin Atmadi sami tumut. Kala samantên Tuwan Hèldhêring takèn dhatêng Atmadi, têmbungipun: Di, kowe mêsthine wis krungu kabar yèn aku arêp prêlop mênyang nagara Walônda.

Atmadi mangsuli: Inggih.

Lha, kowe, upama kèri ana Sêmarang kene gêlêm apa ora.

Kula andhèrèk kemawon.

Sukur yèn mangkono. Maune aku iya anduwèni gagasan: kowe uga arêp tak jak, nanging barêng dak pikir-pikir kakehên wragad.

Atmadi kèndêl kemawon, Tuwan Hèldhêring takèn: Lha, wiwit wingi dak sawang-sawang kowe têka kaya wong susah bae kuwi sababe apa.

Atmadi mangsuli: Inggih amargi saking tindak panjênêngan dhatêng nagari Walandi punika.

Êlo, aku ana nagara Lônda rak mung sataun, besuk sabaliku saka kana bakal kêtêmu manèh.

Inggih, kula piyambak ugi sampun mangrêtos. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]