Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-05, #1644

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1929, #1644
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-01, #1644. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #353.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-02, #1644 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #385.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-03, #1644 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #386.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-04, #1644 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #387.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-05, #1644. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #388.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-06, #1644. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #389.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-07, #1644 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #390.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-08, #1644. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #391.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-09, #1644. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #392.
10.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-10, #1644. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #393.
11.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-11, #1644 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #394.
12.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-12, #1644 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #395.

Ôngka 36, 24 Dulkangidah Taun Alip 1859, 4 Mèi 1929, Taun IV

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [549] ---

Ôngka 36, 24 Dulkangidah Taun Alip 1859, 4 Mèi 1929, Taun IV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Pasisiripun Nagari Sibolga

[Grafik]

Pasisiripun nagari Sibolga punika karang-karang ingkang nglojok dhatêng sagantên. Manawi nuju môngsa liburan, kathah têtiyang ingkang sami dhatêng ing ngriku, prêlu mancing kangge ngêngimur manah.

--- 550 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja, Ind. Arts ing Kudus

Sambêtipun Kajawèn nomêr 35.

Bab ebahing badan.

Otot punika manawi taksih dipun angge (nyambut damêl) botên gêrang utawi risak, nanging malah saya agêng saha kiyat, manawi botên kaangge, alit sarta ringkih. Kados ta lêngênipun pandhe punika manawi kapandhing kalihan lêngênipun juru sêrat, mêsthi agêng lêngênipun pandhe. Tiyang ingkang kêrêp macul, nimba, ngangkat-angkat sapiturutipun punika badanipun langkung kiyêng katimbang kalihan tiyang ingkang botên nate nyambut damêl awrat. Kiyênging badan wau adat inggih dados kiyating badan, amargi otot punika kêkiyatan utawi karosan, dados sampun têtela bilih ngebahakên badan punika prêlu sangêt, kados ta: mlampah-mlampah, gimnastik, ulahraga.

[Grafik]

Para murid pamulangan dipun sinau ulahraga.

Tumrap tiyang sêpuh, mlampah-mlampah punika langkung sae, manawi sampun bêntèr ngangge tudhung utawi payung. Dene dangunipun mlampah-mlampah ±1 jam. Punapa malih tumrap tiyang èstri sae dipun kulinakakên, awit manawi wontên ing griya nyambut damêl linggih kemawon.

Tiyang punika manawi kèndêl, anggènipun ambêgan kintên-kintên kaping 16 samênit, manawi mlajêng anggènipun ambêgan langkung rikat sarta kêrêp, anjalari indhaking hawa ingkang lumêbêt ing badan (paru) [(pa...]

--- 551 ---

[...ru)] dados pun êrah inggih langkung rêsik. Ebahing badan punika ugi anjalari rikatipun kêtêging jantung, andadosakên kathahing êrah ingkang ngidêri badan.

Rèhning êrah wau ambêkta sarining têtêdhan, dados sadaya peranganing badan inggih botên kêkirangan têdha. Kajawi ingkang sampun kapratelakakên ing nginggil, ebahing badan ugi wontên paedahipun malih, inggih punika anyantêrakên wêdaling kringêt ingkang ugi atêgês santêring wêdalipun dzat-dzat ingkang sampun botên wontên damêlipun wontên ing badan.

Wêdaling dzat wau damêl rêsiking badan, andadosakên indhaking kasarasan, kajawi punika nyaèkakên pangêjuring têtêdhan ingkang wontên ing salêbêting badan ingkang lajêng murugakên eca anggènipun nêdha.

Beda kalihan tiyang ingkang botên nate ngebahakên badanipun, adatipun tiyang ingkang makatên punika lajêng dados kêsèd, lan nyambut damêl sakêdhik kemawon raosipun sampun rêkaos sangêt, mila lajêng asring dados damêlipun tiyang sanès. Dados sajatosipun tiyang kêsèd punika botên margi saking dhasar nanging jalaran saking botên kulina ngebahakên badan. Tiyang ingkang sampun kulina ngebahakên badan punika mêsthi botên sagêd kèndêl, manawi pinuju nganggur têmtu pados-pados punapa ingkang kenging dipun tandangi inggih sakacêpêng-kacêpêngipun. Mênggahing lare, ngebahakên badan punika sampun botên usah dipun iri, amargi watakipun lare punika sampun botên rêmên kèndêl dolanan, plajêngan punika tumrapipun lare sae sangêt dhatêng kasarasanipun.

Tiyang utawi lare ingkang badhe nêmpuh iksamên punika ingkang kathah lajêng botên manah punapa-punapa kajawi namung sinau, punika klintu. Undhagi punika kala-kala inggih kèndêl prêlu ngasah pirantosipun, makatên ugi tiyang sinau punika kala-kala inggih kêdah dipun asah pirantosipun, manawi botên, dangu-dangu mêsthi pêpêr.

Pirantosipun tiyang sinau punika inggih utêk, èngêtan, manawi dipun sêlani kala-kala angebahakên badan, punika utêk prasasat kaasah, amargi lajêng kasêntor ing êrah ingkang ambêkta kêkiyatan enggal, dados pun utêk lajêng sagêd tumandang malih.

Para juru sêrat ingkang adatipun kirang ngebahakên badanipun, kabêkta saking padamêlanipun punika, manawi badhe anjagi sampun ngantos suda kasarasanipun inggih kêdah ingkang kêrêp ngebahakên badanipun, inggih punika manawi sampun bibar nyambut damêl, lajêng mlampah-mlampah utawi dolanan bôngsa ulahraga kados ta: bal-balan, main bolah sapanunggilanipun. Ananging tiyang ngebahakên badan punika botên prayogi yèn wêtêngipun pinuju kothong utawi mêntas nêdha. (Badhe kasambêtan)

--- 552 ---

Kawruh Sawatawis

Tiyang Kêmbar

Mênggahing sawanganing tiyang, kêrêp sangêt amrangguli tiyang ingkang warninipun sawêg sairib kemawon lajêng amastani plêk ing warni, saya malih tumrap warnining tiyang kêmbar, punika saya botên sagêd ambedakakên. Pangintên ingkang kados makatên punika ugi wontên èmpêripun, nanging manawi dipun taliti yêktos, mokal manawi wujudipun wau botên wontên gèsèhipun, saya malih mênggahing wêwatêkan, tamtu inggih bedanipun, awit mênggahing panggulawênthah lajêng sagêd nuwuhakên rumaganging akal budi ingkang dèrèng tamtu cocog kawontênanipun, saya malih mênggah kawontênaning gêsangipun, punika ugi kawêngku ing kasarasan tuwin sabab, ingkang tumandukipun beda-beda, sampun tamtu kemawon sadaya wau lajêng sagêd ngewahakên dhatêng kawontênaning tiyangipun, nanging prakawis miribing warni tamtu têtêp botên ewah, lêstantun anggènipun nama kêmbar.

[Grafik]

Kala rumiyin tiyang kêmbar punika dipun anggêp kados kaelokan, wontênipun makatên, jalaran kala jaman samantên têtiyang dèrèng patos anjajah. Nanging sarêng jaman sapunika, sampun jamanipun sêrat kabar, sabên wontên pawartos ingkang ragi anèh sakêdhik kemawon lajêng waradin dhatêng pundi-pundi, saya tumrap kalawarti ingkang rinêngga ing gambar, sabên wontên lêlampahan utawi kawontênan ingkang anèh, lajêng ngêwrat gambaripun. Kados ta ing dhusun Watubela, Cirêbon, mêntas wontên tiyang gadhah anak kêmbar tiga, kados ing gambar sasisih punika. Kajawi punika ugi kêrêp wontên pawartos ing bab kados makatên.

Sayêktosipun tumraping tiyang padhusunan, limrahipun ingkang mlarat, kêrêp sangêt kawartosakên wontên tiyang gadhah anak kêmbar, nanging awis ingkang sagêd lulus wilujêng. Wontênipun makatên, bokmanawi jalaran saking botên kêcêkaping anggènipun ngopèni, awit ingatasipun tiyang malarat, sawêg ngopèni bayi satunggal kemawon sampun kêtingal anggènipun rêkaos, saya malih manawi ngantos kalih, punika kajawi kèthèr ing bab pangupakara, ugi gêgayutan prakawis sêsêpan, badhe dipun sêsêpi piyambak botên kuwagang, badhe dipun êdhot botên mangrêtos utawi kêkirangan sarananipun, wusana lajêng adhakan manggih sabab.

Beda kalihan kawontênanipun têtiyang ing kitha, kajawi têtiyangipun sagêd tumindak rigên, ugi

--- 553 ---

gampil sagêd angsal pitulunganing dhoktêr, kados ta ingkang pinanggih ing Batawi, wontên tiyang manak tiga, sadaya sami pinanggih wilujêng, jalaran angsal pitulungan saking budi kamulyan, inggih punika griya sakit ingkang maligi kangge mitulungi tiyang èstri sakit manak utawis lare sakit. Mirid kawontênan wau, saupami tiyang ingkang manak punika botên angsal pitulungan kados makatên, iba rêkaosipun, lan tamtu adhakan manggih sabab tumraping larenipun, awit tiyangipun ingkang gadhah anak punika inggih tiyang limrah ing pakampungan kemawon.

[Grafik]

Kosok-wangsul ingkang kenging kangge tôndha saksi, bilih tiyang manak langkung satunggal punika pancèn sanès pandamêl gampil. Rumiyin ing dhusun Tlingsing, bawah Klathèn, wontên tiyang manak sakawan, jalêr tiga èstri satunggal, mirid wujuding lare inggih sami sêgêr-sêgêr. Nanging para maos sagêd anggalih piyambak mênggahing rêkaos tuwin kasusahaning tiyang sêpuhipun, awit tiyang alit ing dhusun wah malarat, kadospundi anggènipun sagêd kêcêkap ngopèni bayi sakawan, wusana sawatawis dintên malih, bayi wau sami ngajal, urut-urutan saking satunggal.

Mirid andharan ing nginggil wau têrang bilih pangupakara bayi ingkang prayogi punika kêdah kêcêkap ing sadayanipun, inggih bôndha pirantos, tuwin ingkang nindakakên têtulung. Dene pitulungan ingkang nama nyêkapi mênggahing tiyang manak, punika botên wontên ingkang kados dhoktêr. Mriksanana gambaring bayi kêmbar tiga ingkang dipun pitulungi ing juru pangupakara ingkang ahli, ing nagari Walandi, kados kenging kangge pasaksèn nuwuhakên piandêling tiyang ingkang dèrèng ngrêtos, awit ing ngriku sagêd sumêrêp, prayogining patrapipun têtulung, tuwin ningali pasêmon antèring lare ingkang dipun pitulungi, jalaran saking kêcêkaping barang pirantosipun. Lan malih sanadyan botên dipun cariyosna panjang, sintên kemawon ingkang mariksani gambar ing nginggil punika, tamtu lajêng tuwuh gagasanipun mênggahing riwilipun tiyang ngupakara bayi. Manawi tiyang sagêd ngraosakên têmêning andharan punika, kados sagêd kêtuwuhan manah nêdya ngatos-atos tuwin anggatosakên dhatêng sawarnining tindak ing bab punika. (Badhe kasambêtan)

--- 554 ---

Bab Ngingah Ulam

Bab Ngingah Ulam Bandêng ing Tambak

Para tiyang tani pasisiran punika, ingkang kathah sami rêmên ngingah ulam ing tambakipun. Ingkang botên gadhah tambak inggih dipun rencangi nyewa-nyewa, sewanipun sabên sataun f 60.- ngantos dumugi f 150.- mawi-mawi wiyar ciyuting tambak. Ulam ingkang dipun ingah wau botên anggêr ulam, ingkang mêsthi ulam bandêng. Jalaran ulam bandêng punika, dados pangasilan agêng. Wontênipun bandêng ing tambak punika sarana dipun cêmplungi anakan bandêng, botên kok tuwuh piyambak kados ulam sanèsipun. Jalaran ulam bandêng punika yèn wontên ing tambak botên sagêd nigan. Asalipun anakan bandêng wau tumbas utawi pados piyambak dhatêng sagantên. Nanging kathah-kathahipun sami tumbas. Jalaran yèn pados piyambak, awis-awis ingkang sagêd nitèni anakan bandêng, awit warni saha wangunipun mèh sami kemawon kalihan anak ulam limrah. Mênggah rêginipun anakan bandêng wau, yèn môngsa kasakawan sèwunipun rêgi f 2.- dumugi f 5.-, yèn kasanga f 7.50 ngantos dumugi f 12.50. Mila rêginipun beda-beda, jalaran yèn môngsa kasakawan tuwuhipun anakan bandêng ing sagantên langkung kathah katimbang yèn môngsa kasanga.

[Grafik]

Misaya ulam ing sagantên.

Tambak yèn badhe kacêmplungan adhakan botên kok lajêng kacêmplungakên dhatêng ing têbaning tambak kemawon, kêdah kaipuk rumiyin laminipun kintên-kintên kalih wulan, supados gampil pangrêksanipun. Dene panggenanipun ngipuk ing têngahing tambak ngriku, awit sampun kasadhiyanan balumbangan ingkang saèmpêr kados sumur. Ipukan yèn badhe kacêmplungan anakan bandêng kêdah karêsikan (kakuras) rumiyin, prêlunipun gêsanging anakan wau sampun ngantos kêkathahên ingkang katêdha ing ama bangsanipun ulam, kados ta: lundhu, kêting, cêplèk sasaminipun. Yèn ipukan sampun rêsik, sawêg kenging dipun cêmplungi anakan bandêng wau, saha kêdah katêngga ngantos [nga...]

--- 555 ---

[...ntos] sawatawis dintên, prêlunipun sampun ngantos katêdha ing pêksi, awit anakan bandêng punika rêmên sangêt kêkrompolan tur ngambang, mila gampil katêdha ing ama.

Anakan yèn wontên ing ipukan sampun watawis sajênthik agêngipun, lajêng kaêculakên dhatêng panggenan ingkang ragi wiyar, inggih punika ingkang kawastanan: panaran. Manawi wontên ing panaran sampun kintên-kintên kalih nyari agêngipun, têrus kenging kaêculakên dhatêng têbaning tambak ngantos saagêngipun.

Bandêng punika limrahipun kapêndhêt (kaparit) manawi sampun umur 7 wulan, wontên ugi ingkang langkung saking samantên, mawi-mawi bêtah lan botênipun ingkang ngingah. Mênggah pêpajênganipun bandêng satunggal racakipun 15 sèn. Dados upami wontên tambak ingkang kacêmplungan wiji bandêng 10,000 ingkang sèwunipun rêgi f 12.50 dumuginipun mêntas ingkang gêsang kantun saprasakawanipun, inggih mêksa taksih bathi. Amung dumugi samantên andharan kula wau. Wasana nyuwun pangapuntên.

Kamadi, Tugu S.C.S.

Raos Jawi

Katrêsnan Sirna Dening Kamelikan

Cêlak anggônda bacin, têbih anggônda arum. Ungêl-ungêlan makatên punika anyalokakakên mênggah kawontênaning tiyang mêmitran utawi sadherekan ingkang botên langgêng katrêsnanipun, liripun makatên: yèn pinuju kêmpal utawi cêlak padununganipun tansah asring kêkêrêngan utawi garêjêgan, tur wosing rêmbag botên mêsthi jalaran prakawis ingkang prêlu, dene manawi pêpisahan, ing batos angraosakên kasaenaning mitra utawi sadhèrèkipun wau ingkang lajêng nuwuhakên pikir wêlas saha asih.

Mênggah kawontênan ingkang makatên punika nama sampun limrah dados padataning manungsa, tôndha-yêktinipun ingkang sampun kêtatalan inggih botên kirang, nanging adhakanipun namung pinanggih ing tiyang ingkang dèrèng kêsrambahan nama alus bêbudènipun, awit wontênipun kadadosan ingkang makatên wau mratandhani kasaring budi. Mila awis sangêt wontên tiyang mêmitran utawi sadherekan ingkang kenging kaparibasakakên rênggang gula, kajawi ingkang sampun nunggil pamanggih, jumbuh sêsêrêpanipun utawi nate ngraosakên kêpèpèt sêsarêngan. Malah sawêg ing padhusunan kemawon ugi sampun wontên ungêl-ungêlan makatên: ingatase manungsa kumpulan, yèn sadina rong dina katon rukune, nanging barêng saya lawas mung tansah katon alane, dadi yèn mangkono angur sato kewan: yèn diêmor saya lawas saya rukun.

Kados ingkang kacariyosakên ing nginggil punika [pu...]

--- 556 ---

[...nika] yêktosipun pancèn botên anggumunakên, awit sadaya wau tuwuhipun botên sanès jalaran kabêkta saking dayaning kamelikan, mila lajêng wontên paribasan: melik anggendhong lali. Saupami manungsa botên darbe manah kamelikan, sampun tamtu botên badhe wontên têtêmbungan: rênggang ing arapêt. Mênggah wujuding manah melikan inggih punika: lumuh kasoran, ngupados unggul, ngupados pokil, eman kalongan, kêmèrèn, tuwin sapanunggilanipun. Pramila dayaning kamelikan kawawa mêdhotakên katrêsnan.Manawi ing jaman sapunika, tumraping tiyang ing golongn têngahan, pêdhoting pamitran punika botên ngêmungakên jalaran saking kamelikan ing bab bôndha, nanging langkung-langkung bab tumindaking kapulitikan, awit pundi ingkang botên nunggil ancas, adhakan lajêng dados crah, sok botên ngèngêti dhatêng kajênging pamitran tuwin kajênging pulitik. Red.

Mênggah ing jaman samangke, melik ingkang agêng sangêt dayanipun punika namung arta, saha gampil sangêt yêktos-yêktosanipun. Cobi yèn katitik saking kawontênaning lêlampahan ing padhusunan, katawising rênggangipun tiyang pawongmitran saya ngegla saha cêtha sangêt, tandhanipun: rumiyin manawi tiyang badhe ngêdêgakên griya cêkap namung dipun saranani nyrayakakên kônca utawi pawongmitranipun tunggil dhusun utawi mônca dhusun sami dhatêng ngriku adêdana bau, tur kanthi eklasing manah, wontênipun ing ngriku namung cêkap sami dipun sugata têtêdhan samurwatipun, ngantos griya wau dados botên kanthi wragad kathah. Nanging kosokwangsulipun ing sapunika botên makatên, yèn tiyang botên sadhiya wragad sacêkapipun, kados ngrêkaos anggènipun badhe ayasa griya, upami badhe sêsambat dhatêng mitra karuh ingkang supados anulungana anggèning ngadêgakên griya wau, kajawi angênggèni larasing subasita inggih ugi nyujanani bokbilih ingkang dipun sambati wau botên kadugi nulungi. Prakawis punika malah botên ngêmungakên ing bab ngêdêgakên griya, sanajan anggarap pasitênipun ugi makatên, cara rumiyin kalihan sapunika sampun kathah kaotipun.

Ingkang kados makatên wau manawi dipun raosakên, ewah-ewahing kawontênanipun punika, mratandhani kirang langgênging katrêsnan, sababipun inggih botên sanès amargi saking melik, awit manawi tiyang têtulung, tamtu botên pikantuk bêrahan. Nanging yèn tiyang ngucap ambêrahakên malah botên usah ngupados tiyang ingkang nandangi, sampun kathah tiyang ingkang nantang piyambak, nawèkakên kagunanipun, ngrêgèni kasagêdanipun, dene ingkang winawas namung murih pikantuka epah. Samantên wujuding kamelikan. Ewasamantên rêhning sadaya wau kabêkta saking lampahing jaman, manungsa inggih taksih kathah ihtiaripun ingkang sagêd anocogi dhatêng larasipun.

Nirrasa. Tumpang - Malang.

--- 557 ---

Waosan Lare

Sadulur Tunggal Suson

VIII. Palih anggolèki biyung.

[Mêgatruh]

dhèk samana lakune parau têrus / layare malêndhung putih / nèng sagara kampul-kampul / yèn disawang saka gisik / nyang ati gawe sumêdhot //

ora beda anane Palih dhèk mau / sing bangêt trêsna ing gusti / mandênge tanpa tumungkul / prau nganti kêthip-kêthip / ora mingsêt saka ngênggon //

ing lakune alun kang mêndhak mandhukul / sok nganti ngagètke ati / awit ketoking parau / yèn katêmpuh ngono kuwi / mak lêb ilang anèng kono //

Palih nganti ngêgèt alok gèr anakku / nanging barêng ketok nuli / muni alon sukur-sukur / karo ngêlus dhadha lirih / dhêging dhadha isih ketok //

saya suwe lakuning parau angslup / mênyang palêngkunging langit / Palih atine kumênyut / isih suwe angêntèni / manawa ing mêngko ketok //

nganti suwe mêksa ora ketok nungul / Palih nuli arêp bali / nanging mêksa pijêr nginguk / sabên malaku sathithik / banjur mak grêg karo mengo //

ing wusana lakune nuli ambacut / eling arêp anggolèki / ing ngêndi ênggoning biyung / nanging anjujug ing ngêndi / Palih rada grago-grago //

satêkaning nagara uwis mèh surup / ing nagara ketok sêpi / sabên ana grênêng krungu / ora liya angrasani / nyang pangeran sing wis bodhol //

ing kalane krungu atine cumlêkut / banjur kèlingan ing gusti / mak mrêbêl êluhe mêtu / lan banjur diêtut tangis / sabawaning sisi mak prot //

saya bêngi lakune saya ambacut / karêpe mung aniliki / nyang goning sanak sadulur / mung prêlu arêp nakoni / manawa êmbokne mrono //

banjur mlaku alon muni kula nuwun / sing duwe panggonan kuwi / jarene prênah sadulur / nanging durung pati ngrêti / êmbuh misan êmbuh mindho //

ora suwe wong sing duwe omah mêtu / angêngakke lawang lirih / karo nyapa sintên niku / kula êkok ragi pangling / môngga ta mlêbêt kemawon //

Palih nuli amangsuli alon anu / kula punika pun Palih / badhe madosi pun biyung / bokmanawi wau mriki / kula ing manah kuwatos //

wong sing duwe omah nyandhak tangan gugup / wis alon-alon dhisik dhi / bênêr mrene simbok mau / nanging mung mampir sêdhelit / banjur atindak mangulon //

lan ing kono ora suwe aku krungu / ana wong sajak priyayi / dhawuh ana kampung-kampung / dhawuhe ya sapa wani / kêtêkan wong tuwa wedok //

lan anake palihan putraning ratu / yèn nganti konangan mêsthi / ukume bakal digantung / iki guluku mêngkirig / wis dhi môngsa bodho kono //

sithik edhing [e...]

--- 558 ---

[...dhing] jênêng padha rêbut cukup / ora kok aku ngêmohi / kanggonan sanak sadulur / mung kowe dhewe rak ngrêti / lakon sing kaya mangkono //

mung andhingkluk Palih angusapi êluh / sajak kaya ngeling-eling / dene sing dipikir mau / mung bokne sing ditrêsnani / gèk lunga nyang ngêndi mêngko //

wise mênêng tumuli alon sumaur / yèn mêngkono iya ta wis / lilanana tak ambacut / jênêng uwis entuk lari / yèn si biyung sêlak adoh //

Palih mêtu lakune thumuk-kêthumuk / awit saka durung apil / ing dalane kono mau / sadhela-dhela muni hêm / gèk mênyang ngêndi simbok //Kurang satu suku kata: gèk mênyang ngêndi si êmbok.

dhèk samana lakune saya ngêlangut / ngêndi-êndi ketok sêpi / wis mèh nganti bangun esuk / sêpi wong sing ditakoni / mung ambacut mlaku ngulon //

wise padhang ketok êbun sing marêntul / tètès nyang lêmah nêlêsi / rasane nyang ati têrus / kaya êluhe wong nangis / kang ana mripat ngêcêmbong //

ana pinggir dalan Palih mau wêruh / kono ana omah cilik / gêdhene êmung sagubug / nanging ketok apik grisik / dikubêng banyu gumrojog //

tandurane kabèh ketok lêdhung-lêdhung / wujude menginke ati / ya sapa bae sing wêruh / mêsthi kêwêtu ngruh-ruhi / terong wohe pating greyong //

dhèk nalika Palih wêruh ngono mau / kêwêtu calathu lirih / e e thik sênêng atiku / wujude ngayêmi ati / sanadyan mung lombok terong //

Palih nganti mandhêg karo inguk-inguk / kono ana sing ngruh-ruhi / bok malêbêt mawon bagus / parênga mampir ing ngriki / sampun kok anggalih ewoh //

Palih wêruh uwong sing calathu mau / uwong lanang kaki-kaki / rambute wis putih mabluk / mung kêngkênging awak isih / baune ketok mathekol //

ing dhèk mau nuju lagi bubut-bubut / barêng ana wong ngrasani / bêciking tanduran mau / banjur lèrèn angruh-ruhi / karo angampirke dhokoh //

angadêg nyat ambukak lawang sing nutup / lah ing kono Jaka Palih / atine ya lêga têrus / nuli anuruti mampir / karo acalathu alon //

sangêt nuwun dene panjênêngan purun / ngampirakên kula mriki / wong tuwa mèsêm ngêcêmut / karo ngêdhunake widhig / wusana calathu alon //

anu anggèr inggih namung trimah lowung / yèn kaparêng lêrês ngriki / sukur yèn angsal pitulung / rada kagèt Jaka Palih / dene ngrêti ing pasêmon //

sing mangkono têmêne wis ketok lugu / mungguh wong susah ing ati / ulate uwis kêdumuk / kayadene cluluk muni / ana kaanane kono //

uwong tuwa ambacutke gone clathu / anggèr ing sêmu katawis / manggih ribêd yêktosipun / mila nêntrêmna ing ngriki / dipun manah alon-alon //

mênggah kula yêktosipun sampun atul / saking anitèn-nitèni / jalaran kêrêp kêpranggul / tiyang kêpêtêngan ati / punika kêdah pun êmong //

sampun ta gèr sapunika sampun ngrêmbug / kang prêlu mung kêdah mligi / nêntrêmakên manah sampun / kono kêsêsêgên Palih / nginggihi kanthi sumêdhot //

--- 559 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Darmawisatanipun Petruk dhatêng Tanah Jawi Têngah

XVI.

Garèng : Mara, Truk, saiki caritakna lêlakonmu ana ing Surakarta, anggonmu sênêng-sênêng lan anggonmu palêsir-palêsir ing kana.

Petruk : Tumêkane ing Surakarta, sing tak jujug dalême sawijining dhoktêr, têtêpunganaku nalikane aku isih jumênêng dadi Sang Hyang Baruna.

[Grafik]

Garèng : Wah, kok ana èmpêre, yèn kowe isih rada sanak karo Nyai Rara Kidul. Lho, Sang Hyang Baruna kuwi rak ratuning sagara, ta. Anggonku ngarani mèmpêr kuwi, awit saka dening wujudmu, utawa manèh irungmu, kaya-kaya iya sausap bae nèk dipadhakake karo iwak layur utawa cucut.

Petruk : Lho, panampamu kok banjur kayadene pêmoyok mêngkono, aku olèh jênêng Sang Hyang Baruna, kuwi jênêng kaurmatan, dudu jênêng pêpoyokan, jalaran kala samana aku dipasrahi pagawean ngukur, sing dak ukur sagara, mulane aku banjur kêtêlah jênêng raja laut.

Garèng : Nèk mêngkono kowe kuwi biyèn wis tau dadi mantri ukur, kok iya padha karo aku, aku iya wis tau dadi mantri ukur, malah sok ngukuri dalan-dalan, pirantining ukur têkên karo bathok.

Petruk : Yah, kuwi rak pagaweane wong ngêmis. Wis, saiki rungokna, dak caritani lêlakonku ana ing Surakarta. Ing ngarêp wis dak kandhakake, yèn tumêkane ing Surakarta sing tak jujug dalême têtêpunganaku dhèk biyèn, kang jumênêng dhoktêr ana ing kono. Ing sarèhning panjênêngane wis lawas ora kêtêmu karo aku, sajake bungah bangêt dak sowani. Mulane aku iya diurmati sakayange têmênan, lagi anu aku wis kôndha, yèn Surakarta kuwi nagara karajan, mulane solah-tingkah utawa manèh basaku iya tak ati-ati bangêt. Kanggo ambuktèkake, yèn ana ing kono aku prasasat wis mrungsungi dadi wong Sala cêkèk, ing kene tak tirokne rêrêmbuganaku karo sing kagungan dalêm. Môngga dhi Petruk, lênggah, lênggah, sampun dangu botên pinanggih, punapa sami sugêng,

--- 560 ---

makatên ugi ingkang rayi punapa inggih sugêng, samangke putra sampun pintên, ngasta damêl punapa, dalêm wontên pundi. Didangu mêngkono mau, ing batin aku garundêlan mangkene: Wayah, andangu bae kathik marik-marik kaya suradhadhu lagi paradhê, tujune bangsaning jurnalis, dadi iya rada cathekan. Kala didangu mau aku isih ngadêg jêjêr kaya suradadhu sêpandri kang lagi disêpèksi tuwan kaptin, sauwise aku banjur manthuk; jêkluk, sarta banjur mapan linggih: srêg. Pandangune mau arêp tak wangsuli urut kacang, aja nganti balêntang-balêntong kaya dadar kurang pangublêke. Mulane wangsulanaku iya urut kaya kêpriye pandangune, iya iku mêngkene: Ênjih. Anggènipun botên pinanggih kados sampun sajinah taun. Pangèstu panjênêngan kêra-kêra inggih wilujêng. Kêng rayi bokipun Kamprèt samangke malah ginuk-ginuk sangêt, dintên-dintên damêlipun namung kêmpas-kêmpus, sabab saking sugihipun gajih, dene yoga lôngka, sanadyan cêpetha-cêpethe pangkat kula inggih nama jurnalis, mênggah dunung kula wontên ing Batawi, nanging wontên ing nglêbêt kampung, angèl pados-padosanipun. Mara, apa ora luwês, tur aku ngatonake bangêt asorku. Dadi aku wis nêtêpi apa mêsthine, yaiku unggah-ungguhe andhap-asor, basane malêpês.

Garèng : Wadhuh, andhap-asormu utawa manèh alusing basamu pantês ingalêmbana, upama ora adhêp-adhêpan karo wujudmu mono, iya tak arani abdi dalêm karaton têmênan, mung ana cacade sathithik, upama cacade iki bisa kok owahi, wah, iya jambe sinigar bae karo para pujôngga Sala.

Petruk : Wah, mantêp têmênan atiku, dadi mung ana cacade sathithik, mara caritakna nyang aku, nèk bisa tumuli tak owahane, sapa wêruh nèk têmbe buri aku bisa olèh dhêklomah dhoktor ing bab basa Jawa, sabab saiki ing pamulangan luhur nagara Walônda wis dianakake pranatan, kang ngidini wong mônca kang umure wis luwih saka 30 taun, mèlu sinau nyampurnakake salah sawijining pangajaran, ora susah dhêdhasar pamulangan têngahan, kang ing têmbe burine bisa tômpa ganjaran titêl: dhoktor.

Garèng : Ora mung dhoktor bae, malah nèk kabênêr bisa olèh titêl: propsor, anggêre kowe gêlêm ngowahi cacade sing sathithik bangêt mau, yaiku 1e. ênjih kuwi kaya-kaya dudu basa Sala, nèk basa gajêge mung: inggih bae. 2e. sajinah kuwi basane bakul, upamane: tuku sajinah olèh peling siji, 3e. wangsulanamu: kêra-kêra inggih wilujêng, kuwi sajak ngatonake kakuranganamu, seje prakara yèn omongmu gêguyon, kuwi ya ora dadi ngapa, 4e. aturmu ing bab lêmuning bojomu, ingatase matur karo priyayi sêpuh, kuwi aran ora duga-duga, 5e. têmbung yoga kuwi bênêr têmbung Jawa, nanging ing Surakarta ora tau kanggo, kanggone ana ing Jawa Wetan, kaya ta mêngkene: arèk i... ka, yogane loro. 6e. aturmu: sanadyan cêpetha-cêpethe nanging apangkat jurnalis, kuwi kowe ngatonake kadrajatanmu, kang mêngkono mau nuduhake: kêmlungkung lan gumêdhemu. 7e. anggonmu [anggo...]

--- 561 ---

[...nmu] ngandhakake, yèn omahmu ana ing sajroning kampung lan angèl golèk-golèkane, kuwi sajake anduwèni pikiran: nyirik nyang tamu, kang mêngkene kuwi kêna diarani: wong ora lumrah.

Petruk : Lho, lho, onggaleke ane, jarene cacade mung sathithik, jêbul andrèjès kaya ilêr mêngkono. Ora ana sing bênêr siji-sijia.

Garèng :Têmbung ônggaleke kuwi iya dudu basa Surakarta, nanging prungsungane têmbung Lônda ongelukkig.

Petruk : Wis, wis, kabèh-kabèh kok banjur diwêlèh-wêlèhke sakrêsanya mêngkono. Liya dina tak banjurne dêdongenganaku, nanging iya miturut caraku dhewe bae.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Wontên pawartos, benjing wêkasaning wulan Juni ngajêng punika, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral badhe têdhak dhatêng Biliton, kintên-kintên wontên ing tanggal 20 utawi 22.

Wontên dhawuh undhang ngewahi wancining lênggah parêpatan ing rêpat kawula, inggih punika parêpatan sakawit wontên ing tanggal 15 Juni dumugi 15 Sèptèmbêr. Parêpatan ingkang kaping kalih kaping 10 Januari dumugi 20 Pèbruari.

Ing kabudidayan Gunungmalayu, Sumatra, ing salêbêtipun pitung minggu Tuwan W. Schiltknocht nyanjata sima 3 iji. Ing bab punika andadosakên bingahipun têtiyang ing ngriku, amargi sampun sawatawis wulan ing bawah ngriku wontên tiyang 10 sami dipun têmpuh ing sima.

Lulus kandhidhat iksamên bagian kapisan ing pamulangan luhur pangadilan, Radèn Sunarka.

Benjing tanggal 19 tuwin 20 wulan punika, pakêmpalan P.N.I. badhe ngawontênakên konggrès wontên ing Wèltêprèdhên tanggal 19 badhe ngrêmbag: ngawontênakên propagandhah dhatêng sajawining tanah Jawi, dening Mistêr Ali Sastraamijaya. Pakêmpalan kopêrasi, dening Mistêr Sunarya, tuwin bab pakêmpalan tani tuwin pakêmpalan nyambut damêl, dening Insinyur Sukarna. Tanggal 20 badhe ngrêmbag pêrgêrakan kabangsan Indhonesiah, dening Mistêr Suyudi. Anglawan lintah dharat, dening Mistêr Sartana, tuwin bab pindhahan rakyat, dening Insinyur Sukarna.

Lulus iksamên dhoktêr Indhia ing Nias Tuwan Sukimin Digdadiarja.

Wontên pawartos, pambikakipun sêtatsiun Batawi katêtêpakên wontên ing wulan Oktobêr ngajêng punika. Ing sadèrèngipun namung badhe kangge sêpur saking Wèltêprèdhên, Kêmayoran tuwin Tanjungpriuk wongsal-wangsul. Ing tanggalipun sadasa kabikak malih kangge sêpur saking Bantên wongsal-wangsul. Ing wêkasaning wulan Sèptèmbêr kantor-kantor S.S. ing molênplit dipun pindhah kadèkèk ing lotènging sêtatsiun enggal.

Barang-barang kagunan dêdamêlanipun tiyang siti ingkang kapitontonakên wontên ing museum ing Batawi ingkang gêgayutan kalihan konggrès, badhe kabikak tumrap umum, wontên ing tanggal 12 dumugi 20 wulan punika.

Kados ingkang sampun kawartosakên ing Kajawèn kêpêngkêr, kapal pamulangan Siyêm nama Bali sampun dumugi ing Tanjungpriuk, cacahing murid wontên 16. wontênipun ing Tanjungpriuk botên kanthi pakurmatan kados nalika wontên ing Surabaya.

Ing tanggal 29 April kêpêngkêr, paduka Tuwan Mr. Neytzell de Wilde pangarsa rad kawula, kêmpalan kalihan para warga, prêlu andum kasugêngan anggèning badhe pêpisahan, saha lajêng ngawontênakên pasamuwan pêpisahan wontên ing sositèt konkordhiah.

Kawartosakên bilih Gupêrnur Surakarta paduka Tuwan M.B. van der Jagt dipun bêdhèl padharanipun wontên ing Magêlang, jalaran gêrah, ing sapunika pinanggih botên kirang satunggal punapa.

Lulus iksamên dhoktêr Indhia bagian kapisan ing Nias, Tuwan Kuslan asli saking Blitar, tuwin Tuwan Amanudhin, asli saking Bêngkulên.

--- 562 ---

Miturut pawartos saking kongsul jendral Walandi ing Tiongkok, ing Siyanghai wontên Walandi nama A. Burk. Tilas administratir kabudidayan Batanghari, Jambi, dipun tahan prakawis nyalingkuhakên arta f 10.000.

Miturut pawartos taunan saking pakêmpalan Anti-Woeker ing Bandhung, ing taun kapêngkêr gunggunging ingkang angsal sêsulang tuwin pitulungan ing bab sambutan, wontên tiyang 246. Tiyang samantên wau ingkang bôngsa Eropah mèh sapalih, ingkang 54 manggèn ing sanès-sanès panggenan. Ing sakawit ancasing pakêmpalan namung badhe mitulungi têtiyang ingkang nunggil nagari kemawon, lan sasagêd-sagêd ugi badhe mitulungi têtiyang ing sanès panggenan.

Sampun sawatawis dintên wontên kapal nama Susser bidhal saking Sêmarang badhe dhatêng Nieuw-Zeeland, nanging sarêng sampun watawis 1 1/2 jam, kapal wau wangsul, amargi kêbêsmèn ing papan pangrimatan barang, isi momotan, uwos tuwin woh apêl saking Ranggun. Jalaraning kêbêsmèn murub saking kajêngipun piyambak, kapal pompa Van der Heide lajêng nindakakên têtulung, latu sagêd sirêp, wusana sagêd anglajêngakên lampah.

Ing kamarbolah Tionghwa ing Ngayogya mêntas kangge ajang main bakaran. Wusana ing kalangan ngriku kasumêrêpan wontên arta kêrtas ringgitan palsu, saha lajêng kalapurakên dhatêng pulisi. Jam 3 dalu pulisi dhatêng anggropyok, kêcêpêng f 20.-, kintên-kintên sanèsipun sampun kathah ingkang sumêbar. Pulisi sagêd nyêpêng dakwa nama Pwiswilyong, bôngsa Pormosah, asli saking Sêmarang. Pulisi lajêng nusul dhatêng hotèl pasipênganipun tiyang wau, sagêd manggihakên arta malih f 2000.-

Subsêtitut upsir yustisi ing Sêmarang Mr. Bondam kanthi rêsèrsê mêntas dhatêng Bahrawa, prêlu mriksa Gusti Muhamad Hèrucakra aliyas Albert Dietz. Gusti Hèru wau kadosdene tiyang ingkang sakalangkung elok, sagêd mêca bêgja cilakaning tiyang. Wontênipun dipun priksa, jalaran kadakwa prakawis apus. Mirid pakulitanipun tuwin nama, têtela bilih bôngsa Eropah, ewadene angakên manawi bôngsa Jawi utawi Mênadho, nanging botên sagêd dhatêng basanipun. Wontênipun ing ngriku piyambakipun gadhah daya dipun ajrihi ing tiyang, têtiyang ing kanan keringipun ngriku sami munjung têtêdhan tuwin ngêsrahakên bau, nyambut damêl wontên ing panggenanipun. Sarêng kagledhah ing griya tuwin pêthi agêng, pinanggih tumbak tuwin dhuwung kathah, pêdhang sawatawis, sanjata satunggal tuwin rêpolpêr satunggal, punapa malih gudhang isi dêdamêl sawatawis. Pangakênipun Cakra, barang-barang wau gadhahanipun ingkang èstri. Sarêng dipun galedhah, ing badanipun pinanggih dhuwung alit, kakintên bilih dhuwung wau ingkang nuwuhakên piandêl warni-warni. Wusana Hèrucakra lajêng dipun tahan badhe kapriksa prakawisipun.

Ing salêbêting kapal Tjisondari ingkang pangkat saking Tanjungpriuk kala tanggal kaping 24 wulan kêpêngkêr, pinanggih wontên kopêr botên kantênan ingkang gadhah. Sarêng dipun alurakên sarana tèlêgram, barang wau gadhahanipun Tuwan Oij Eng Tjang ingkang kapancal botên numpak kapal. Barang lajêng kaandhapakên ing Mêntok saha kakintunakên dhatêng Tanjungpriuk. Kopêr wau kajawi isi barang warni-warni ugi isi arta f 3000.- taksih jangkêp.

Kala ing dintên Salasa kapêngkêr, ing pabrik mrêcon ing Kêbonjêruk, Batawi, wontên griya alit panggenan ngrimati obat anjêblos, latu lajêng mrèmbèt, dipun kuwatosakên sangêt manawi latu ngantos mrèmbèt dhatêng panggenan nyambut damêl. Rahayunipun lajêng kêtututan ing pompa, latu sagêd pêjah. Kapitunan f 300.- botên katanggêlakên asuransi.

Miturut kêkancingan saking pangagênging pakaryan kasarasan, ing bab pandadaran asistèn apotèkêr badhe dipun wontênakên ing Wèltêprèdhên benjing salêbêtipun wulan Juli ngajêng. Sintên ingkang badhe tumut dipun dadar supados ngaturakên paturan dhatêng pangagênging pakaryan kasarasan kawrat ing sêrat mawi sègêl. Akir-akiripun wontên ing tanggal 1 Juni, sêrat wau sampun nadumudumugi. ing pangagêng pakaryan kasarasan.

Kala dintên Ngahad kêpêngkêr, P.S.I. ing Pakalongan adamêl parêpatan umum, prêlu ngrêmbag bab 153 bislantèr tuwin bab 161 bis, ing sêrat anggêr umum, ingkang mêdhar sabda Tuwan Suryapranata. Sarèhning tansah dipun èngêtakên ing pulisi, rêmbaging ngakathah lajêng dipun bibarakên, saha botên narimahakên. Pakêmpalan P.S.I. tuwin Pasundhan ugi gadhah panêdha supados namanipun tumut dipun katutakên, botên narimahakên dhatêng trajanging pulisi.

Wontên pawartos, kala dintên Ngahad sontên kêpêngkêr, Tuwan Residhèn Ament ing Surakarta, tindakan nitih oto, wontên margi papagan lan grobag oto dados sêlip malêbêt ing jurang. Rahayu botên wontên ingkang tiwas, namung sopir utêkipun kontrag.

Wangsulan saking Redhaksi

Tuwan Sr. Mangunjaya, ing Bandhung. Mugi sampun andadosakên cuwaning panggalih, karangan panjênêngan bab tataning salakirabi botên kapacak, amargi rêmbag bab wau sampun kêkêrêpên kapacak ing Kajawèn, ing sapunika kajugag. Dados panjurung bab punika sampun botên kapacak malih.

Tuwan M.J. Disam. Karangan panjênêngan kalih bab sami botên kapacak, bab ingkang satunggal sampun nate kapacak ing Kajawèn, karanganipun prayantun ahli, dene satunggalipun sanadyan sae, nanging tumrapipun ing jaman sapunika kathah ingkang botên condhong.

--- 563 ---

Wêwaosan

Pêpisahan 27 Taun

Karanganipun Mw. Asmawinangun ing Jatilawang, Purwakêrta.

26.

Wiwit mirêng wartos bilih papah badhe tindak prêlop dhatêng nagari Walandi rumiyin punika.

Hla. Wong prakara kaya mangkono bae...

Inggih, awit kula botên kaajak.

O, dadi kowe kuwi mèri, ta.

Yèn mèri... botên, nanging nalôngsa, lajêng rumaos: hêm, makatên raosipun dados anak pek-pekan.

Aja kliru tômpa, Di, mulane Prang lan Idhah diajak, awit prêlu ambanjurake pasinaone ana nagara Lônda. Dene ênggone ora ngajak marang kowe, aja kokira yèn dara tuwan lan dara nyonyah kurang trêsna marang kowe, iku ora. Aku nêksèni: katrêsnane dara tuwan lan dara nyonyah marang kowe gêdhe têmênan, kowe wêruh dhewe, wis ana dhuwit pira bae kang kanggo mragadi kowe sajroning kowe sêkolah. Jajal pikirên, nalika kowe lara, dhuwit pira bae kang kawêtokake dara tuwan kanggo mragadi, aku wêruh dhewe, rèkêning saka dhoktêr bae rong atus sèkêt rupiyah, durung rèkêning saka hotèl. Coba, saupama dara tuwan ora trêsna marang kowe masa karsa anyôngga kabèh iku mau.

Lêrês, kula ugi mangrêtos bilih katrêsnanipun papah kalihan mamah dhatêng kula pancèn agêng sangêt. Ingkang dados gêlaning manah kula, dene kula botên dipun jak.

Sanajan mangkonoa apa banjur anjalari alane dara tuwan lan dara nyonyah, kiraku ora, dara tuwan lan dara nyonyah têtêp dak arani: wong utama, ora bot-botên nindakake kabêcikan, iya marang kowe, iya marang prakara liyane. Dene mungguh ênggone ninggal prêlop marang kowe dak anggêp dudu apa-apa, dudu dosa, dudu kaluputan, iya dak anggêp ora kêna kanggo wêwaton nyuda marang kautamane. Malah saka panêmuku, Di, tumrap kowe wajib tansah bungah, dene uripmu kinacèk karo bocah kang akèh-akèh, pira bae bocah kang padha nêmahi sangsara, ewasamono ora ana kang nêmu bêgja kaya kowe, dipupu wong sugih kang ambêg wêlasan.

Atmadi botên wicantên malih, jalaran lajêng nangis sêsênggrukan, luhipun daleweran. Sumêrêp kawontênanipun Atmadi kados makatên wau Bok Sura angraos wêlas, sêdyanipun badhe anglipur, nanging kapêksa botên sagêd mêdal, namung ngondhok-ondhok, mripatipun akaca-kaca kêdah nangis piyambak, dados tiyang kêkalih wau lajêng sami kèndêl-kèndêlan kemawon ngantos dangu. Sakèndêlipun nangis, Atmadi wicantên: Punapa ngantos sapriki êmbok dèrèng pikantuk katrangan mênggah têgêsipun lètêr Dj. S. rumiyin punika.

Bok Sura mangsuli: Durung. O, dadi kowe isih anggagas, ta marang lètêr iku.

Taksih, malah saya dangu saya sangêt panggagas kula dhatêng bab wau, langkung sangêt malih wiwit kula tampi wartos bab anggènipun papah badhe prêlop dhatêng nagari Walandi rumiyin punika.

Sababe kapriye.

Kados ingkang sampun kula aturakên wau, amargi kula botên kaajak dhatêng nagari Walandi, kula rumaos dipun damêl beda katimbang kalihan Prang tuwin Idhah, dados manah ngraos nalôngsa, wasananipun lajêng tuwuh kapengin pinanggih kalihan tiyang sêpuh kula piyambak. Kados rumiyin sampun nate karêmbag, sagêd ugi tiyang sêpuh kula... Dj. S. wau.

Bisa uga, nanging isih urip apa ora... ora gênah.

Sarèhning botên gênah punapa botên prayogi dipun padosi wiwit sapunika.

Ora prayoga, awit ora ana lêre sathithik-thithika, paribasane wis kapatèn obor babar-pisan, mokal saupama katêmua. Mulane saka panimbangku, sing prêlu kowe ing saiki nêmênana olèhmu sêkolah, mumpung ana kang mragadi, supaya ing têmbe bisa kapenak uripmu, bisa golèk sandhang pangan kanthi gampang, prakara anggolèki wong tuwa cukup mung disambi-sambi bae, puluh diprêlokna wong ora gênah arane, ora gênah padunungane, tur ora cêtha apa isih urip apa ora. Saupama diprêlokake, aku kuwatir gèk wis ora ana, saupama kalakon kaya mangkono wis mêsthi banjur kapitunan mrana-mrene, wong tuwan ora katêmu... pasinaon ora tutug.

Kajawi ingkang kasêbut ing nginggil, taksih kathah malih prakawis ingkang dipun rêmbag dening Bok Sura tuwin Atmadi wau, cêkaking cariyos, enjingipun Bok Sura kalihan Atmadi nilar kitha Batawi wangsul dhatêng Bandhung, wontên Bandhung nyipêng sadalu, enjingipun dhatêng Ngayogya lan enjingipun malih têrus dhatêng Sêmarang.

Kala dumugi ing Sêmarang, manahipun Atmadi saya ngraos prihatos, [prih...]

--- 564 ---

[...atos,] jalaran lajêng gadhah raos kados gêsang piyambakan, mila makatên awit ing samangke sampun botên gadhah kônca dolanan malih, Prang kalihan Idhah sami dhatêng nagari Walandi. Karêl kalihan Lisê ugi sampun kesah, malah anggènipun kesah sampun ngrumiyini sataun saking kesahipun Prang kalihan Idhah wau. Mila inggih mèmpêr kemawon bilih ing wêkdal samantên panggagasipun Atmadi dhatêng lètêr Dj. S. sangsaya sangêt, ngungkuli kalihan ing wau-waunipun.

11. Sêrat saking nagari Walandi.

Ing satunggalipun dintên, Atmadi linggih anyêkukruk piyambakan wontên undhak-undhakanipun èmpèr ngajêng, kalihan maos buku ngadhang upas pos ingkang ngidêrakên sêrat. Wontênipun Atmadi ngadhang upas pos amargi gadhah pangajêng-ajêng tampi sêrat saking Prang, mila makatên awit kala badhe bidhal dhatêng nagari Walandi Prang janji badhe enggal akintun sêrat. Atmadi pitados bilih Prang botên badhe nyidrani prajanjinipun. Ing dintên wau kaetang sampun lêt tigang wulan saking angkatipun Prang, ewadene pangajêng-ajêngipun taksih mantêp.

Jam satêngah nêm langkung gangsal mênit tiyang ingkang dipun ajêng-ajêng dening Atmadi dhatêng, Atmadi enggal ngadêg mêthukakên, atakèn têmbungipun: Ana layang.

Upas pos mangsuli kalihan ambikak tasipun: Ana, malah rada akèh.

Apa ana sing saka nagara Lônda.

Êmbuh, iya. Kaya-kaya kok ya ana.

Anggènipun milihi upas pos sampun rampung, sadaya kaulungakên dhatêng Atmadi, sêrat kabar kalih iji, kartu pos kalih tuwin sêrat limrah tiga iji, sêrat têtiga wau wontên satunggal ingkang saking nagari Walandi, adrèsipun dhatêng Atmadi. Nitik saking apsèndhêripun têtela bilih sêrat punika saking Prang, ungêlipun apsèndhêr wau makatên: Afz. F. Heldering - Janskerkhof 32 - Utrecht - Holland. Atmadi botên sarantos, sasampunipun nyèlèhakên sêrat sanès-sanèsipun ing meja, sêrat wau enggal kabikak, dipun waos ing batos ungêlipun makatên:

Utrecht...

Atmadi, aja pisan dadi atimu, dene nganti rada suwe aku ora enggal-enggal kirim layang marang kowe, kaya kang dadi prajanjiku nalika ana Batawi biyèn kae. Nanging, Di, dadia ing sumurupmu, kang mangkono mau ora marga kasêmbranaku, nanging marga saka ana sabab liyane, yaiku: satêkaku ing nagara Lônda aku kacandhak lara nganti sawatara dina, nganti dadi jalaraning ênggonku ora nêtêpi janji kang wis dak lairake ana ing ngarêpmu, ora liwat mung pangapuramu kang dak jaluk.

Nalika laraku wis mari, aku diajak papah tilik para sanak sadulur kang ana ing Amstêrdham, ing Dhên Hah, ing Anwèrpên lan ing Rotêrdham. Kajaba saka iku uga diajak plêsir mênyang Dhên Hèldhêr lan mênyang panggonan liya-liyane. Ing sadurunge mangkat aku pancèn wis mrêlokake kirim layang mênyang kowe, nanging nalika aku bali layang mau tinêmu gumlethak ana ing mejaku, nganggo ditulisi mangsi abang, surasane: adrès kurang têrang. Aku gumun bangêt, dene adrès kang wis dakarani cêtha isih dianggêp kurang têrang dening punggawa pos, mungguh adrès mau unine mangkene:

Marang sadulur Atmadi, p/a Tuwan Hèldhêring, ing Sêmarang.

Nalika adrès mau dak pirsakake marang bapak nyuwun supaya katêdahna apa kang dadi kêkurangane, ngandikane pancèn nyata yèn adrès kang mangkono kuwi kurang cêtha, ana prakara loro kang prêlu bangêt, nanging ora dak tulis, kang anjalari adrès mau kurang gênah, yaiku: kang sapisan: purnam lan pangkate uga ora dak pratelakake, kang kapindho: ora dak gênahake yèn Sêmarang iku ana ing tanah Jawa. Aku ngrasa luput, mulane saiki olèhku gawe adrès dak gawe titi lan cêtha bangêt, cêtha kaya kang kamot ing amplop kiye.

Mêsthine kowe kapengin sumurup kapriye mungguh kaanane nagara Walônda, iya apa ora. Coba dak critakake, nanging mung ringkêsan, ora bisa dawa, jalaran ora ana papane.

Nagara Lônda luwih rame tinimbang karo tanah Jawa, kutha kang dak ênggoni uga luwih rame tinimbang karo Batawi, êmbuh... tikêl pira, aku ora sumurup. Nalika ana Batawi aku gumun wêruh gêdhong kang gêdhe-gêdhe lan kang bêcik-bêcik, patamanan kang asri-asri, lan iya gumun sumurup kèhing têtunggangan kang pating sliwêr ing sabên dinane, nanging barêng aku wis anjajah nagara Walônda gumuning atiku ingatase apa-apa kang tinêmu ing Batawi mau sirna, ing nagara Lônda gêdhong-gêdhong kang luwih gêdhe lan luwih bêcik tinimbang karo kang wis dak dêlêng ing Batawi akèh bangêt, patamanan kang luwih asri mangkono uga, iya sapirang-pirang, dene tumrap kèhing têtunggangan... wis aja takon manèh.

Mungguh kaanane kutha-kutha kang wis dak dêlêng, Di, uga bakal dak critakake kaya ing ngisor iki. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 37, 28 Dulkangidah Taun Alip 1859, 8 Mèi 1929, Taun IV

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [565] ---

Ôngka 37, 28 Dulkangidah Taun Alip 1859, 8 Mèi 1929, Taun IV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Rêdi Gajah Mungkur

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun rêdi Gajah Mungkur ing bawah Pamalang. Wontênipun nama makatên, awit wujuding rêdi sairip kados gajah mungkur, dene kêtingalipun ing gambar punika dipun tingali saking ngiringan, pucaking rêdi ingkang sisih têngên kalêrês sirah.

--- 566 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja, Ind. Arts ing Kudus.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 36.

Adus

Sabên tiyang mêsthi sampun sami sumêrêp prêlunipun adus, inggih punika supados rêsik badanipun. Badan punika tansah angêdalakên dzat-dzat ingkang tumrap badan sampun botên wontên paedahipun. Dene marginipun warni-warni, kados ta: sarana napas (ambêgan) utawi mêdal kulit. Kulit punika kêbak bolongan alit-alit ingkang minôngka dados cangkêmipun pipa alit-alit ingkang gandhèng kalihan margi êrah. Saking alitipun bolongan wau ngantos botên kasat mata. Kulit sawiyaripun arta tangsulan punika cangkêmipun botên kirang saking satus. Pipa-pipa wau dados margining toya ingkang ambucal rêrêgêd saking salêbêting badan, punika têrus tumindak tanpa mawi kèndêl. Inggih toya wau punika ingkang dipun wastani kringêt. Manawi kita nyambut damêl awrat, wêdaling kringêt saya dêrês. Badan punika anggènipun ngêdalakên kringêt, ing sadintên-dintênipun kintên-kintên satunggal gêlas agêng. Toya kringêt punika ngandhut rêrêgêd ingkang botên sae tumrapipun badan. Manawi botên sagêd mêdal sagêd dados wisa, mila kêdah mêdal. Dene marginipun inggih bolongan alit-alit wau. Awit saking punika kêdah kajagi supados cangkêm-cangkêm wau tansah mênga, panjaginipun sarana dipun rêsiki, amargi manawi rêgêd sagêd buntu. Mênggah rêrêgêdipun wau aslinipun kajawi kabêkta ing kringêt saking salêbêting badan, ugi saking jawi inggih punika saking blêdug utawi saking sêsenggolan barang rêgêd, mila sadaya barang ingkang magêpokan kalihan badan kados ta pangangge, bantal, lan sapanunggilanipun, kêdah tansah rêsik. Rêrêgêd ingkang tumèmplèk ing kulit punika sagêd malêbêt ing badan sarana cangkêm-cangkêm wau.

[Grafik]

Padusan toya rêgêd.

Para prayantun sampun sami priksa, bilih jampi punika panganggenipun wontên ingkang namung sarana kaborèhakên utawi kablonyokakên ing badan, ewadene dayanipun inggih sagêd [sa...]

--- 567 ---

[...gêd] dumugi ing salêbêting badan, punika mratandhakakên manawi sarinipun lumêbêt ing badan. Lumêbêtipun wau botên sanès inggih mêdal ing cangkêm-cangkêm wau.

Lare alit ingkang krêminên punika jalaran badanipun kalêbêtan krêmi. Mlêbêtipun mêdal ing cangkêm katut ing têtêdhan, nanging punika ragi lôngka, dene ingkang kêrêp lare punika jalaran asring brangkangan utawi gramahan dhatêng pundi-pundi botên prêduli panggenan rêgêd, lan manawi angsal punapa-punapa adatipun lajêng kaêmplok.

Ananging sanadyan botêna mêdal ing cangkêming lare, wiji krêmi punika inggih sagêd malêbêt mêdal ing kulit. Mila tiyang momong lare punika kêdah ingkang prayitna, sampun ngantos lare punika blasakan ing panggenan ingkang rêgêd. Kajawi punika panggenanipun inggih kajagia murih rêsikipun. Ngêmplok tangan utawi ngêmut dariji punika supados kaawisana, amargi tangan punika mêsthi kangge anggêpok punapa-punapa, punapa malih tanganing lare.

Tuladha kalih pisan kasêbut ing nginggil, inggih punika namung kangge mêwahi katrangan bilih:

1. Kulit punika wontên bolonganipun.

2. Bolongan wau dados margi pambucaling rêrêgêd, nanging ugi sagêd dados margi mlêbêting wiji sêsakit saking jawi.

Awit saking punika, adus punika prêlu. Kajawi murih ajêg wêdaling rêrêgêd saking saubênging badan, ugi ngicalakên rêrêgêd ingkang wontên ing jawi. Kajawi punika asrêping toya punika adamêl sêgêring badan.

Tiyang adus punika manawi botên alangan ingkang prêlu kêdah sabên dintên, lare utawi tiyang sêpuh inggih sami kemawon.

Adus enjing-enjing punika adamêl sêgêring badan, sontên kangge ngrêsiki tuwin nyuda bêntèring badan dening mêntas anyambut damêl utawi saking bêntèring sontên, namung adus mêntas bibar nêdha punika botên prayogi tumrap kasarasan.

Toya kangge adus punika kêdah rêsik, sarta bêning. Toya buthêk punika asring wontên cacingipun utawi rêrêgêd sanèsipun ingkang botên katingal.

Bibar adus badan kêdah dipun kêsat mawi andhuk utawi barang sanèsipun, tumrap tiyang neneman ngangge toya asrêp punika prayogi sangêt, nanging manawi sabibaripun adus badanipun taksih kraos asrêp kemawon inggih prayogi adus malih mawi toya angêt.

Tiyang ingkang mêntas sakit bêntèr utawi sakit wêtêng (dysenterie) manawi enggal-enggal lajêng adus mawi toya asrêp adat lajêng kambuh (kumat), mila sadèrèngipun saras babarpisan kêdah adus mawi toya angêt. Tumrap tiyang sawêg sakit, adus punika botên prayogi, kajawi manawi angsal palilah saking dhoktêr.

Dene yèn murih ragi sêgêr badanipun, cêkap raup utawi awak-awak utawi sibin toya angêt. (Badhe kasambêtan)

--- 568 ---

Bab Rajakaya

Punapa prêlunipun rajakaya ingkang badhe kapragad saha ulamipun kapriksa.

Para sadhèrèk kula ingkang dèrèng jêmbar sêsêrêpanipun, ingkang kathah-kathah dèrèng mangrêtos dhatêng kajêngipun rajakaya kapragad tuwin ulamipun kêdah kapriksa rumiyin.

Dene kajêngipun anjagi supados tiyang-tiyang ingkang sami nêdha ulam daging sagêd pikantuk têtêdhan ingkang sae saha saras, supados botên kenging sêsakit nular, utawi ulam daging ingkang ngêndêmi, jalaran saking nêdha:

1. ulam daginging rajakaya ingkang ngandhut sêsakit, saha sêsakitipun wau ugi sagêd nular dhatêng manungsa.

2. ulam daging ingkang mawa wisa wijining sêsakit.

3. ulam daging ingkang bosok jalaran saking sakit utawi wayu.

4. ulam daging mawa kewan ingkang sagêd anjalari sakit.

[Grafik]

Kewan sakit badhe kapriksa.

Saking pamanggihipun bôngsa wasis, sadaya sêsakit ingkang sagêd nular punika wontên wijinipun, inggih punika barang lêmbat sangêt, botên kasat mata, sagêdipun katingal yèn mawi pirantos kaca praksana. Dene dumadosipun saking bangsaning kewan, lan saking têtuwuhan. Wontên malih ingkang babarpisan botên katingal sanajan kapriksa mawi kaca praksana.

Sêsakit kewan ingkang sagêd nular dhatêng manungsa punika kathah tunggilipun, kangge tuladha ing bab 1 supados gampilipun sarta sampun kathah ingkang nyumêrêpi inggih punika sêsakit rajakaya (ingkang kathah lêmbu) tuberculose.

Wijining sêsakit wau, ugi sagêd anjalari sakiting manungsa, kawastanan tuberculose utawi tiyang Jawi mastani kêmatus, inggih punika sakit ingkang dangu (nglayung) badanipun saya kêra, yèn dalu kraos bêntèr, watuk, yèn sangêt ngantos mutah êrah lan sapanunggilanipun.

Lêmbu ingkang sakit makatên tôndha-tandhanipun ugi badan saya kêra, watuk, mèncrèt, miturut pundi peranganing badan ingkang kathukulan sêsakit. Ingkang adhakan sarta subur gêsangipun inggih punika ing kêbuk, pramila tôndha ingkang enggal katingal saking watuk.

--- 569 ---

Yèn wijining sêsakit wau lumêbêtipun ing badaning lêmbu katut têtêdhan, ingkang kathukulan rumiyin ing usus. Manawi badaning lêmbu kirang pirantos ingkang sagêd nanggulangi wijining sêsakit, wontên ing ngriku lajêng saya kathah, tangkar-tumangkar mahanani korèng ingkang mindhak wiyar sarta kathahipun, dangu-dangu mêsthinipun wijining sêsakit wau katut ilining êrah, ingkang wusananipun wradin ing badan sakojur. Wontên ing sanèsing peranganing badan kados ta: ing kêbuk, limpa, ginjêl, manah, kapur, balung, planjêr, mèh sadaya pirantosing badan sagêd kataman sêsakit wau, lajêng thukul malih, ngorèng ngêdalakên nanah, ingkang rêrêgêdipun ugi mlêbêt saha katut ing êrah. Dados ulaming lêmbu ingkang sakit makatên manawi katêdha dening manungsa tamtu nguwatosakên, awit sampun ngêmu wijining sêsakit wau.

Katrangan bab 2 ing bab 1 sampun kacêthakakên yèn wijining sêsakit punika wontên ing badaning lêmbu katut ilining êrah sagêd wradin ing badan sakojur, sarta tangar-tumangkar mindhak kathahipun. Nalikanipun tangkar-tumangkar wau kanthi angêdalakên wisa inggih punika ingkang anjalari kewan lajêng sakit, awit pirantosing badani prêlu-prêlu sami kenging wisa, punapa malih êrahipun, pramila badaning kewan lajêng bêntèr.

Kajawi katrangan ing nginggil, wontên malih upami, inggih punika sêsakiting kewan èstri ing wadhah anak. Manawi wontên rajakaya èstri manak, môngka ari-arinipun kantun ing nglêbêt botên sagêd mêdal, punika wontên ing ngriku enggal bosok, dene wisaning bosokan wau lajêng lumêbêt katut ilining êrah wasana wradin ing badan sakojur, kadadosanipun ugi kados ingkang kasêbut ing nginggil. Dados sampun têtela yèn daginging kewan ingkang makatên sampun mawa wisa, manawi katêdha ing tiyang môngka wadhukipun botên tahan tamtu lajêng mutah-mutah, mèncrèt, jimpe, mumêt, ngêlu sarta yèn botên kalêrêsan sagêd anjalari tiwas.

Katrangan bab 3 miturut pamanggihipun bôngsa wasis, daging ingkang bosok punika amargi ing ngriku kalêbêtan rottingsbacterien dene aslinipun saking rêrêgêd, pramila ulam daging ingkang kawadhahan wadhah ingkang rêgêd, manawi kacêpêng mawi tangan ingkang botên rêsik lan kairis mawi lading ingkang rêgêd, enggal bosokipun. Rottings bacterien wau wontên ing ngriku tangkar-tumangkar sarta ugi ngêdalakên wisa, saya gampil malih tangkar-tumangkaripun yèn wontên ing ulam dhasar sampun sakit, utawi ing papan ingkang hawanipun ngêmu toya lan bêntèr.

Ing salêbêting usus ugi kathah rottingsbacterien-nipun, manawi kewan wau pêjah rottingsbacterien wau wradin ing badan, inggih punika sababipun kewan pêjah enggal mambêt lan ulamipun enggal bosok. Ulam makatên wau sadaya yèn katêdha ing manungsa kadadosanipun ugi kados ingkang sampun kacêtha ing bab 2.

Katrangan bab 4 kangge tuladha inggih punika: cacing pita. Saupami wontên tiyang ususipun isi cacing pita, cacing pita wau asring nigan katut ing sêsukêr. Môngka sêsukêr katut kangge ngrabuki pasitèn, lan ing wingkingipun ing ngriku wontên babi

--- 570 ---

ngambus-ambus pados têtêdhan, babi wau lajêng kalêbêtan tiganing cacing pita, dene tigan manawi sampun wontên ing wadhuking babi lajêng nêtês mêdal gêndhonipun (badhe cacing pita), gêndhon wau ngurêki usus ngantos mrojol sarta lajêng lumêbêt ing daging, ing ngriku malih dados kados tigan malih, inggih punika bundêran isi toya, ing nglêbêt isi badhening cacing wau namanipun ing basa Wêlandi blaaswormen utawi finnen. Manawi babi wau kapragad lan dagingipun katêdha ing manungsa, tamtu katutan finnen wau, lan wontên ing usus lajêng dados cacing pita ingkang nèmplèk salaminipun. Nanging yèn ulam panggodhog utawi panggorèngipun matêng sangêt finnen wau sagêd pêjah, ingkang nguwatosi yèn katêdha mêntah utawi satêngah matêng.

Suryadi. Kirmèstêr Panaraga.

Para Upsir Marinê Siyêm

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun upsir marinê nagari Siyêm, ing kapal Bali. Kapal wau kangge pasinaoning murid calon upsir marinê. Komandhaning kapal nama Tuwan Bharasamuth X, ajudanipun sri narendra ing Siyêm. Kapal Bali mêntas labuh ing Surabaya tuwin Tanjungpriuk, kados ingkang sampun kacariyosakên ing Kajawèn.

--- 571 ---

Waosan Lare

Sadulur Tunggal Suson

IX. Jaka Palih bali nyang nagara

[Kinanthi]

Jaka Palih mung tumungkul / rada karasa ing ati / upamane wong cangkriman / kaya kêpêthèk saiki / nanging mêsthine ya mokal / yèn ta wêruhe pratitis //

dadi mung mirid ing sêmu / nonton sulake wong sêdhih / yèn mêngkono jênêng lumrah / nanging Palih ing saiki / sêdyane mung arêp blaka / apa sarasaning ati //

nanging durung nganti clathu / wong tuwa nuli ngandhani / anggèr kintêning ngakathah / kula pun wastani kêsdik / sumêrêp ing kaelokan / kula ngantos ngraos isin //

lêrês mênggah tiyang sêpuh / sok sarêgêp mituturi / lan sok sagêd damêl padhang / saking kêcondhongan pikir / kang botên marojol nalar / dados botên nama kêsdik //

mila sampun klintu surup / lajêng purun amastani / kula bangsaning wong tapa / sampun sampurna ing budi / o punika sèwu mokal / wontênipun rak kêtitik //

kados anggèn kula nêngkluk / pêthêl tansah adhêdhangir / prêlunipun botên liya / sagêda angsal rijêki / supados tuwuk pun têdha / angalap brêkahing bumi //

rèhning kula tiyang dhusun / gêgriya panggenan sêpi / têbih dhatêng kasênêngan / sagêd kula mung nênêmpil / ningali dhatêng tanêman / yèn lêma ngayêmi ati //

woh terong kang pating grandhul / yèn sèlèhing manah tampi / sami lan nyawang tontonan / swaraning kodhok parêcil / sairib kados gamêlan / malah raos êmat ngriki //

Palih angguyu ngêcêmut / nganggêp tênan ngono kuwi / ing kono ana wong têka / mlaku mundhuk-mundhuk taklim / ing tangane nyôngga tampah / mak srod disèlèhke lirih //

ki tuwa nyaru angguyu / hês alon le mêngko dhisik / la la wedange rak wutah / karo dokokana lading / lan joge pisan prènèkna / môngga gèr dipun kêdhapi //

Ki Jaka linggih tumungkul / karo nyandhak cangkir lirih / lan calathu ngarah-arah / yêktosipun ngatên kyai / anggèn kula manggih susah / namung saking angèngêti //

ketang wêlas dhatêng biyung / punika kula padosi / Palih nuli wiwit kôndha / lan bab kangjêng pangran pati / kabèh ora ana kliwat / kandhane lan mrêbês mili //

ki tuwa sumêla tutur / karo alon ngacarani / môngga ta gèr dipun dhahar / punika rak uwi lêgi / anu ênggèr mênggah kula / kêdah pun manah rumiyin //

botên kenging grusa-grusu / punika rak botên gampil / dene mênggahing wong tuwa / sampun sangêt dipun galih / tiwas dipun padosana / mung badhe ngrisakkên galih //

rak wontên ta ucapipun / tiyang yèn sawêg amanggih / susah ngantos damêl wêgah / nadyan ta dipun sranani / akalan kados punapa / inggih namung tansah sêdhih //

ning yèn sampun wancinipun [wa...]

--- 572 ---

[...ncinipun] '/ tamtunipun rak sumingkir / lho punika sanès wulang / sanès raos lêbêt tuwin / wêcanipun ahli tapa / mung lugu sêsambèn muni //

la ngatên ta sampun ewuh / dhahara ingkang dumugi / kono cah wijikane ya / karo yèn wis matêng gêlis / dhahare nuli ladèkna / wong ing buri matur inggih //

anu gèr nglajêngkên rêmbug / mênggah wontêning nagari / yèn ing wêkdal sapunika / yèn ta upamia gêni / nama sawêg mulad-mulad / botên kenging pun pêjahi //

dados saupaminipun / wontên tiyang angraosi / agêngipun yèn puruna / sasat angurub-urubi / mila sae kasrantosna / kenging pun manah ing wingking /

nanging inggih botên luput / yèn anggèr purun nglampahi / angawula dhatêng nata / ingkang sampeyan putungi / nanging ingkang têrus manah / botên isi êsak sêrik //

yèn ta anggèr pancèn rujuk / prayoginipun gih ngabdi / mênggah tiyang sampun pasrah / mokal botên pun ajêngi / adhakan angsal ngapura / sukur yèn jamane malih //

awit mênggah yêktosipun / lêlampahan samukawis / ingkang nama têtêp lôngka / kang adhakan molah-malih / kados anggèr sawêg bingah / sagêd ugi lajêng sêdhih //

lah ingkang makatên wau / anggèr prayogi kagalih / punapa nyêbal ing nalar / wontên malih kang upami / samaring manah punika dèrèng tamtu anêrusi //

sintên ta ingkang sumurup / lampahan ing têmbe wingking / kados ta anggèr punika / mung samar wontên ing galih / tamtu badhe manggih sabab / manawi ngatingal malih //

nanging kosok-wangsulipun / tiyang inggih botên ngrêti / sagêd ugi anggèr malah / dipun angkat dados mantri / mênggah wosing atur kula / sampun sok alitan galih //

Ki Jaka Palih tumungkul / anggagas jêroning ati / nuli blas karasa padhang / kaki tuwa anumpangi / kadospundi sapunika / anggèr prayogi pun galih //

Jaka Palih uwis lipur / tumuli calathu lirih / inggih kula sapunika / pêtêng kula sampun nisih / badhe ngèstokakên kula / dhawuh panjênêngan kyai //

kula lajêng badhe wangsul / yèn sagêd badhe angabdi / dhatêng kang jumênêng nata / kaki tuwa amangsuli / kula mung matur sumôngga / nanging sarèha rumiyin //

mungguh cêkakaning rêmbug / Jaka Palih ing saiki / ana kono sawatara / mung prêlu nêntrêmke ati / wise têntrêm nuli mangkat / arêp nyang nagara Bali //

kaki tuwa wis jumurung / lan ora kêndhat nuturi / ing bab tindak kautaman / bangêt bungah Jaka Palih / mula sêmune kêtara / ulat padhang kaduk manis //

dhasar bagus lêngkung-lêngkung / kayadene bambang lagi / mêdhun saka pagunungan / sapa sing wêruh ngrasani / dene ana uwong brêgas / wangun-wangune priyayi //

kabênêran ing dhèk mau / têkaning nagara nuli / bisa olèh pasuwitan / kauningan pramèswari / malahan agawe rêna / dikira wis tega gusti //

pancèn ya mangkono mau / karsane jêng pramèswari / mung Palih ing kabatinan / isih têtêp angrangkêpi / mênyang gusti iya trêsna / nyang pangeran iya eling //

uwis têntrêm sing tinêmu / kaanane Jaka Palih / nanging ing batin karasa / ngèlingi biyung lan gusti / mula iya ora kêndhat / mung tansah mungkur ing batin //

--- 573 ---

Jagading Wanita

Waluyan

Kalawarti Kajawèn tanggal kaping 1 Mèi 1929 ôngka 35 sampun ngêwrat pèngêtan lêlabêtanipun suwargi Radèn Ajêng Kartini, inggih punika wêdhar sabda ing paramean tanggal 21 April 1929 dening pakêmpalan: Margining Kautamèn, ing Kêmayoran, Wèltêprèdhên, wontên ungêl-ungêlan makatên:

... lan sapunika kêtingal, tumraping sêsrawungan gêsang, tiyang ambêtahakên sangêt dhatêng tiyang ingkang kados Radèn Ajêng Kartini, tur kêdah kathah, mila lajêng sami ngawontênakên pakêmpalan pawèstri, murih sagêd sêsrawungan sagêd kadunungan raos kados raosipun Radèn Ajêng Kartini. Ewadene sanadyan dumuginipun sapunika pisan, inggih taksih wontên priyantun ingkang dèrèng anyondhongi, tandhanipun kala konggrès ing Mataram, para wanita ingkang rawuh ing konggrès dèrèng malêbêt warga P(erserikatan) P(erempoean) I(ndonesia)...§ Nama punika kirang lêrês, lugunipun: P(erikatan) P(erempoean) I(ndonesia).

Lêrês ukara ing nginggil botên wela-wela tumuju dhatêng pakêmpalan kita: Rukun Wanodya. Ananging sarèhning kala parêpatan agêng ing Mataram utusan kita Wara dr Harjana tuwin Wara S.Z. Gunawan, lakar sami dèrèng darbe paturan dados warganing P.P.I mila manawi kula ulur kalihan nalar ingkang panjang, kula lajêng kapêksa kêdah anjalèntrèhakên, lah punapa darunanipun dene makatên, prêlunipun sampun ngantos kenging ing panggrayang: ora mathuk.

Wosing prêlu:

1. Nitik gaduging manah kula, mênggah gêlênging parêpatan agêng ing Mataram wau namung badhe angawuningani punapa sadaya ingkang sami rawuh badhe anayogyani dhatêng adêgipun pakêmpalan agêng wau.

2. Kadospundi anggènipun Rukun Wanodya badhe lajêng kasêsa lumêbêt dados warga, awit wêkdal samantên P.P.I. dèrèng ngawontênakên anggêring pakêmpalan (sêtatutên).

3. Nitik wara-wara saking Mataram rumiyin, parêpatan agêng wau lakar sawêg nêmbe badhe angadani adêging badan pakêmpalan, mila lêrês sangêt utusan Rukun Wanodya botên tumuntên dados warga. Prakawis punika botên pisan adhasar botên sarujuk dhatêng adêging P.P.I. O, botên pisan-pisan, ananging dhatêngipun ing Mataram wau pancèn dèrèng angsal wêlingan panguwaos (mandhat) dados manawi Rukun Wanodya badhe dados warganipun P.P.I. sampun tamtu kêdah karêmbag kalihan sadaya warga rumiyin.

Kawontênanipun Rukun Wanodya ing Mataram wau botên manjila miyambaki, awit pakêmpalan: Putri Budi Sêjati ing Surabaya, tuwin sadaya pakêmpalan sanèsipun, ugi sami nêdha palilah badhe karêmbag rumiyin.

--- 574 ---

Mandar manawi wontên tiyang ingkang kala samantên lajêng kasêsa dados warganing P.P.I. punika ragi kirang sarujuk kalihan lampahipun pakêmpalan, kajawi bilih nalika pangkat saking griya sampun ambêkta mandhat, kula lajêng botên sagêd sundhul atur malih, namung kadospundi sagêdipun angrêmbag tuwin angsal mandhat wau, awit parêpatan ing Mataram wau nêmbe badhe angawontênakên badaning pakêmpalan, dados dèrèng paja-paja wontên sêtatutênipun.

Palêsthaning atur puwara muhung sumôngga para maos.

Wara St. Ranumiharja. Wèltêprèdhên kaping 2 Mèi 1929.

Kawruh Sawatawis

Tiyang Kêmbar

Sambêtipun Kajawèn nomêr 36.

Ing Kajawèn kapêngkêr nyariyosakên ing bab prayogining pangupakara lare, ingkang dipun tindakakên dening tiyang ahli. Lan mênggahing salajêngipun, bayi ingkang dipun upakara kados makatên punika, dumugining sawatawis agal, wujudipun saya andêmênakakên, awit tansah ajêg pangupakara tuwin panjagining kasarasanipun.

[Grafik]

Wujuding bayi kêmbar tiga ingkang dipun upakara sae.

Sayêktosipun patrap pangupakaraning lare punika sanadyan tumrap tiyang siti, ing jaman sapunika ugi sampun kathah ingkang nelad, nanging taksih pilih-pilih.

Sapunika mangsuli ing bab wujudipun tiyang kêmbar, sampun tamtu kemawon manawi dipun tingali satunggal-satunggal, tiyang botên sagêd ambedakakên, nanging manawi dipun titi sayêktos, tamtu pinanggih wontên titikipun ingkang beda.

Ing bab makatên punika mêntas pinanggih wontên ing Berlijn, ing nagari ngriku dipun wontênakên sayêmbara têtandhingan wujuding tiyang kêmbar, pamênangipun badhe dhawah ing tiyang kêmbar ingkang plêg ing warni. [war...]

--- 575 ---

[...ni.] Wusana ingkang angsal ganjaran namung tiyang kêmbar kalih rakit.

Para maos kados sagêd anggalih, bilih ingkang angsal pamênang wau tamtu ingkang sampun pêpilihan piyambak, têgêsipun inggih wontên tiyang kêmbar sanès-sanèsipun, nanging botên kêpilih, jalaran kêtingal gèsèhipun. Ewadene manawi dipun nyatakakên saèstu, tiyang ingkang sampun kêpilih wau inggih taksih wontên gèsèhipun, inggih punika pinanggih gèsèh untunipun. Dados têrang bilih tuwuhing badanipun manungsa punika beda-beda, lan nama botên anèh.

Sapunika gêntos nyariyosakên bab wêwatêkan, mênggahing tiyang kêmbar kathah tiyang ingkang mastani nunggil wêwatêkanipun, punika inggih mèmpêr manawi dipun piridakên ing kalaning taksih bayi utawi lare, makatên malih manawi têrus nunggil sapanggenan, ewadene ugi botên kenging dipun têtêpakên makatên, awit mokal saupami rumaganging pôncadriyanipun tiyang kalih sagêd sami. Saya malih manawi angèngêti ing bab panggulawênthah sapanunggilanipun, punika sampun gênah cêtha pinanggihing bedanipun.

Mênggah pinanggihing bedanipun wêwatêkan wau, wontên cêcariyosanipun pêthikan saking Sêrat Detypen van Monte Carlo karanganipun Tuwan Oppenheim cêkakaning cariyos kados ing ngandhap punika:

Kacariyos ing nagari Londhon wontên sawênèhing grap mariksakakên sariranipun dhatêng sawênèhing dhoktêr linangkung. Dhoktêr wau anggènipun mariksa sariranipun Tuwan Grap taliti sangêt, saha lajêng pratela: Tuwan Grap mirid saking pamariksa kula, hêm, Tuwan Grap, panjênêngan punika kantun sugêng sataun êngkas.

Ing sanalika ngriku Tuwan Grap inggih malênggong sangêt, dene yuswanipun kantun cumpèn makatên, lan kadospundi malih, sarèhning wêcaning dhoktêr sampun gawang-gawangan, dados kêpêksa nampèni kanthi panarimah ing panggalih susah. Ewadene mêksa taksih angambali pitakèn, punapa yuswanipun punika botên kenging dipun tambak malih.

Dhoktêr amangsuli: Kadospundi ta, nun, punapa kula kagalih matur dora, pamriksa kula sampun titi sangêt.

Tuwan Grap wangsul saking panggenaning dhoktêr kanthi susah ing panggalih, tanpa kêndhat tansah anggagas-gagas pados wêwêngan, kadospundi sagêdipun manggih pangimur, wusana nyut wis, tak gawe kabêcikan. Tuwan Grap lajêng badhe têtirah dhatêng Montêkarlo. Ing sadèrèngipun tindak, Tuwan Grap sumêrêp nonah bêbau toko, ingkang gêsangipun kêtingal botên sênêng. Lajêng dipun taros, punapa purun tumut Tuwan Grap, namung prêlu bingah-bingah wontên purug, lan sadaya kabêtahanipun dipun sanggi ing Tuwan Grap, botên badhe kacuwan, tur sarwa ingkang nomêr satunggal.

Nonah mangsuli purun, nanging punapa kenging ambêkta nakdhèrèkipun jalêr, punika inggih badhe prêlu têtirah. Sajatosipun tiyang jalêr wau pêpacanganipun piyambak. (Badhe kasambêtan)

--- 576 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Darmawisatanipun Petruk dhatêng Tanah Jawi Têngah

XVII.

Petruk : Rungokna, Rèng, tak banjurne lêlakonku ana ing Surakarta. Ana ing dalêm dhoktêran têtêpunganaku, kira-kira ana rong jam, sadurunge aku ambanjurake caritaku, aku arêp ngandhakake dhisik mungguhing unèn-unèn: wong Jawa ênggoning sêmu. Lho, kuwi kok pancèn iya nyata têmênan, sadalan-dalan aku bisa nyatakake dhewe.

[Grafik]

Garèng : Ana paribasane: ana kukus iya ana gênine, têgêse: nèk ana unèn-unène, kuwi sathithik-sathithik iya ana nyatane. Kayadene kandhamu: wong Jawa ênggoning sêmu, kuwi pancèn iya têmênan. Tumraping wong Jawa, ora susah kok bêlakani, lagi andêlêng pasêmone bae wis bisa wêruh apa sing lagi kok gagas, saking lantiping panggraitane, sok nganti ana sing banjur kêladuk panampane. Kaya ta: nèk lagi kadhayohan, sajêroning ngomong karo tamu, sing duwe omah ujug-ujug kok banjur ngomong undhake rêganing bêras, hla, kuwi tamu sing lantip panggraitane, sok banjur kliru panampane mêngkene: e, wong kiyi kuwatir nèk nyuguh mangan aku. Nèk sajêroning omong-omongan angob, kuwi tamune bisa uga banjur anggagas: e, wong kiyi bosên utawa wis jêlèh omong-omongan karo aku. Sauwise tamune dadakan pamit bae. Kosok-baline yèn sing ahli sêmu mau sing duwe omah, apa manèh nèk tamune panggêdhene, kuwi ora kêna aruh-aruh apa-apa, wis mêsthi banjur ditômpa jêro, kaya ta upamane tamu panggêdhe mau ngandika mêngkene: Wah, suguhanamu kêtan kiyi putihe kok mênthir têmên. Utawa: Lho, kowe kok duwe pitik kêbirèn lêmu-lêmu têmên, anggonmu tuku ana ing ngêndi. Sanadyan mung aruh-aruh bae, sakondure tamu panggêdhe mau, bêras kêtan utawa pitike kêbirèn mêsthi banjur enggal-enggal padha disowanake bae. Lho, samono mungguh landhêping panggraitane wong Jawa, mula iya mèmpêr yèn banjur diaranana: wong Jawa ênggoning sêmu. Hla, saiki aku takon [tako...]

--- 577 ---

[...n] nyang kowe, sing kok alami apa, kowe kok pêncêlut banjur ngandhakake unèn-unèn; wong Jawa ênggoning sêmu.

Petruk : Lho, kuwi mangkene: nalikane aku ana ing dalême dhoktêr têpunganaku, aku didangu mêngkene: Dhèk Petruk, enjing-enjing kok sampun dumugi ngriki, punapa wau dalu nyipêng wontên ing hotèl. Aku banjur mangsuli: Botên, dhatêng kula punika saking Salatiga, pangkat kula saking ngrika jam 5, malah dèrèng wontên tiyang tangi. Lho, Rèng, aku mung matur mêngkono, ora priye-priye manèh, ewadene ora lêt suwe kok banjur jêdhil mêtu, wedang kopi susu, karo panganan Lônda sing nyamlêng bangêt kae, êmbuh ora wêruh jênênge. Kala samono sanadyan kalamênjingku wis tansah lèrèg-lèrèg munggah mudhun, ewasamono barêng ditawakake, ethok-ethoke iya tak prawirak-prawirakake, rada nganggo mengkat-mengkot barang kae, nanging barêng wis wiwit dak kêrjakake, sadhela bae iya labas. Lho, gumunku kuwi, aku rak ora matur yèn wêtêngku kalikak-kalikik sabab durung kalêbon untal-untalan, ewadene sing kagungan dalêm kok priksa, mara, apa kuwi ora kêna diarani: wong Jawa ênggoning sêmu.

Garèng : Ora matur apa-apa mèngklèkmu kuwi, aturmu: pangkat saka Salatiga jam 5 durung ana wong tangi, kuwi rak wis cêtha bangêt, kênang apa kowe ora matur mêngkene pisan: Mas, padharan kula kriwak-kriwik sangêt, nyuwun sarapan ingkang komplit: wedang kopi susu sadhaharanipun, rak aluwung matur mêngkono pisan, dadi cablaka arane. Wis, wis saka dhoktêran lakumu banjur mênyang ngêndi.

Petruk : Ing sarèhning sadurunge aku wis krungu têmbang rawat-rawat, yèn ing Surakarta ana toko kang dipandhegani para wanita pangajaran, niyatku arêp nêksèkake nyatane. Mulane saka dalêm dhoktêran, lakuku iya banjur mênyang toko mau, satêkane ing toko kono, we hla, lidok, gêlare pancèn iya katon andêmênakake têmênan. Ora môntra-môntra yèn toko mau duwèke bôngsa Jawa, anggone anjênggarang, rêsik gêmrining, lan dodolane warna-warna, kang èdi-èdi, kang dakik-dakik, kaya ta: bantalan kursi, rendan, rêrênggan tembok, gambaran tangan, lan isih akèh manèh tunggale, upama tak sêbuta ing kene kabèh, iya ngêbaki papan têmênan. Dene sing dadi punggawane toko kabèh bangsaning wanita, tur padha pangajaran. Carane anggone nômpa lan angladèni tamu sarwa gapyak, sumèh, andêmênakake, kang andadèkake sênênge para kang padha rawuh ing toko kono. Andêlêng kaanan kang mangkono mau, rumasa gêdhe atiku, dene wus samono kêplasing kamajuane bangsaku wanita. Ingatase para wanita pangajaran, tur kabare têdhaking bôngsa luhur, têka ora wigah-wigih lan ora wêdi kangelan, wis wani nyêkêl toko kang samono gêdhene, lan kang sabên dinane tanpa kêndhat kudu sêsrawungan karo wong pirang-pirang, lan bôngsa warna-warna. Kamajuaning [Ka...]

--- 578 ---

[...majuaning] para wanita kang samono mau, anandhakake, yèn para wanita wis nyumurupi aboting rêbut koripan ing jaman saiki. Mulane tumraping aku kabèh wajib angalêmbana marang kamajuane para wanita mau.

Garèng : Hêm, Truk, anggonku ngrasakake kok judhêg saikine, e, apa iya sabab saka watak kolot kiyi, apa kêpriye. Mungguh sing diarani wanita kang maju kuwi kêpriye, ta, apa sing bisa nat-nit, apa sing bisa lengsang-lèngsêng ana ing bêgadring, apa sing bisa dhangsah mubêng-mubêng, apa sing bisa bakulan, dodolan lan nêrapake kêmbang nang dhadhaning sauwonga sing nuku kêmbange, apa kêpriye. Kaya ta: bakul bangsaning wanita kuwi rak wis akèh bangêt, kaya ta: bakul jarit, bakul jamu, lan sapêpadhane, kuwi sing akèh rak padha wanita, kênang apa kok ora ana sing ngunèkake maju, barêng saikine ana wanita dadi bakul, dumèh bisa nat-nit, lan turunaning ngaluhur banjur bae kok unèkake: wanita maju, wanita kang nyumurupi aboting rêbut koripan. Mara, apa ora judhêg nyang pikiran mêngkono kuwi.

Petruk : Wis, wis, bab kiyi padha dirêmbug ing liya dina bae.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Kala ing dintên Kêmis enjing, Radèn Tumênggung Arya Prabuwinata, bupati ing Sumênêp, Madura, seda. Layon sumare ing wanci sontên.

[Grafik]

Nyambêti pawartos ing bab arta kêrtas ringgit palsu ing Ngayogya, sapunika gunggunging arta ingkang kêcêpêng sampun f 3000.- dakwa bôngsa Pormosah ingkang kacêpêng wontên ing Ngayogya. Asli saking Sêmarang manggèn ing wot gandhul, wontênipun ing ngriku gadhah kônca dados tukang cukur, sawêg dipun padosi, ugi tumut anyêbarakên arta palsu.

Wêwakiling parentah Walandi Tuwan Prof. Dr. F.A.F.C. Went tuwin Tuwan Jhr. Mr. Dr. Roell ingkang badhe anjênêngi Pacific Science Congres sampun dumugi ing Batawi. Sami numpak kapal Christiaan Huygens.

Katêtêpakên makili padamêlan residhèn tèrbêskiking Jawi Kilèn, Tuwan J.C. De Vos, ingkang sawêg wangsul saking prêlop.

Tuwan Wangke kapala kampung ing Sawangan, Tondhano, tampi dhawuh saking parentah kadhawuhan sinau ing bab kawontênaning têtanèn ing nagari Walandi, sapunika sampun dumugi ing Batawi, bidhalipun saking Batawi wontên ing tanggal 8 wulan punika. Lampahipun wau kaparingan prêlop sataun.

Wontên pawartos saking Padhang, Pangeran Adipati Bèlgi kala tanggal kaping 25 April saking Pordhêkok dhatêng Kotanopan, kala tanggal 22 April, sang pangeran minggah rêdi Singgalang kadhèrèkakên Prof. van Straelen tuwin amtênar tiyang siti. Tanggal 23 April rawuh ing Jurangkaro.

--- 579 ---

Wêwaosan

Pêpisahan 27 Taun.

Karanganipun Mw. Asmawinangun, ing Jatilawang, Purwakêrta.

27.

1. Kutha Utrecht yaiku kutha padununganku, diarani provinciestad, têgêse: panggonane wong tani, kuthane rame, pasare gêdhe, ana pasar miskin kang mung dianakake sapisan ing saminggune, yaiku mung ing sabên dina Saptu, kang diêdol barang-barang prombengan. Ana pamulangane luhur (Universiteit). Ing Bootstraat ana sositite para sêtidhèn. Mungguh pamêtune yaiku: mori sabangsane, gandum lan rajakaya.

2. Amsterdam kutha iki rame bangêt dagangane, plabuhane gêdhe, barang saka Indhia kang kanggo dêdagangan ing kono: têmbako, kopi tèh lan bêras akèh bangêt, ana Rijksmuseum kang bêcik lan gêdhe bangêt, isi barang kuna warna-warna, ana dalan kang nrajang sangisoring gêdhong iku kanggo liwat montor, kreta lan sêpedhah, uga ana Universiteit-e. Kang rada mèmpêri Amsterdam iku kutha Rotterdam. Mungguh undha-usuke, Amsterdam kuthane mênang gêdhe, nanging Rotterdam mênang rame, amarga pancèn kutha dagang.

O, Di, saupama kowe wêruh dhewe kaanane kutha Amsterdam lan Rotterdam wis masthi kowe gumun bangêt, wong kutha kok kaya ngono bêcike, samono gêdhene lan kaya ngono ramene, kèhing têtunggangan ora kêna kaetung, montor lan kreta sabên dina pating sliri pating sliwêr, sêpur lan trèm pijêr lunga têka bae, ora ana pêdhot-pêdhote, dadi wong mlaku kudu ngati-ati têmênan, yèn nganti weya, lupute katunjang montor iya kêtabrak kreta, yèn ora iya kaplindhês sêpur. Sawangan ing plabuhan iya nyênêngake bangêt, kèhing kapal iya tanpa petungan, ana kang gêdhe ana kang cilik, ana kang momot, ana kang lagi bongkar dagangan.

3. Den Haag iya gêdhe, rame lan asri, ana grejane kang gêdhe abêcik.

4. Antwerpen, bênêr kutha iki ora gêdhe lan ora rame kaya Amsterdam utawa Rotterdam, nanging iya misuwur, jalaran ana panggonan panggosokan intên. Malah elingku prakara mau uga masthi katêrangake dening guru samasa mulangake ngèlmu bumi tanah Walônda.

5. Den Helder ana plabuhane kapal pêrang, ana pamulangane upsir laut aran Koninklijk Instituut van de Marine. Kajaba saka iku iya ana panggonan kanggo nyinau kaanane isèn-isèning sagara kang arupa kewan lan têtuwuhan, aran: Zoologisch station.

Mungguh kaanane kutha liya-liyane... aja dadi atimu, aku ora bisa nyritakake, jalaran papane ora ana, tur aku durung andêlêng dhewe kaanane kutha-kutha mau, mulane layangku dak jugag samene bae kang magêpokan karo bab kaanane kutha-kutha ing nagara Lônda iku. Saiki prayoga dak nyaritakake prakara liya, yaiku: bab pangane wong nagara Lônda.

Bakuning pangane wong Lônda kowe wis sumurup dhewe, dudu sêga, nanging roti karo kênthang, wong kutha karo wong desa ora ana bedane, pangane padha dene roti lan kênthang mau, dadi ana nagara Lônda yèn arêp mangan sêga kudu ngrêkasa dhisik, golèk koki kang bisa adang ngliwêt. Wragade iya kudu luwih akèh, jalaran ing nagara Lônda bêras larang bangêt, pête, jengkol sapanunggalane ing kana ora ana.

Saka tanah Jawa mênyang nagara Lônda, ngliwati plabuhan kang gêdhe-gêdhe pira, aku ora apal, sing aku isih kèlingan, yaiku: Singgapura, Suez, Marseille lan Gibraltar. Sabên-sabên kapal kang dak tunggangi labuh ana plabuhan kang gêdhe-gêdhe mau aku masthi mudhun, andêlêng apa-apa kang tinêmu ana ing dharatan kono.

Wis, Di, samene bae. Ora liwat bêktiku aturna ing uwa sakalihan, lan kirim slamêt marang koki.

Saka aku sadulurmu kang trêsna: Frank Heldering.

Manahipun Atmadi katarik sangêt dening ungêlipun sêrat wau, mila pamaosipun dipun ping kalihi malih, malah dipun ping tigani, sarêng sampun marêm saèstu nêmbe purun dhatêng wingking dhatêng panggenanipun Bok Sura, sêrat dipun cangking tangan kiwa. Nalika Bok Sura sumêrêp, enggal takèn, têmbungipun: tômpa layang saka ngêndi, Di.

Mangsuli: Saking Prang.

Kabar apa.

Kabar wilujêng, lan wontên kabar sawatawis bab kawontênanipun nagari Walandi. Môngga ta, sampeyan waos.

Kowe kuwi kapriye ta, wong duwe biyung ora dhêngêr pa pincang kok dikon maca, jajal wacanên, dak rungokne.

--- 580 ---

Atmadi lajêng maos, Bok Sura anjingglêng mirêngakên, sarêng sampun rampung, wicantên: Wah, nèk ngono nagara Lônda kuwi rame bangêt ane.

Atmadi mangsuli: Yèn nitik ungêlipun sêrat punika pancèn makatên.

Apa ora katêrangake, kapan sinyo Prang mlêbu mênyang pamulangan luhur.

Kok botên.

Hêm, nèk wis mêtu saka pamulangan luhur mau wis aran pêng-pêngan têmênan, ya.

Inggih. Ah, sarêng kula maos sêratipun Prang punika kula kok lajêng kapengin sangêt sumêrêp nagari Walandi, êmbok.

Aku uga mangkono, nanging tumrape aku mokal yèn kalakona.

Manawi kula kadospundi.

Êmbuh, iya. Arêp ngarani ora, gèk kalakon, arêp ngarani kalakon, gèk ora.

Kintên-kintên.

Aku ora bisa ngira-kira. Cêkake, Di, prakara kuwi mung gumantung ana bêgja cilakaning awakmu, yèn pancèn awakmu bêgja, bisa uga kalakon, nanging yèn ora, mêsthine iya ora.

Lêrês makatên punika, sagêd ugi kabêgjanipun badan kula botên sagêd lastantun, awit kula namung... anak pupon kemawon.

Ora mangkono karêping têmbungku, Di, ora mênyang prakara ênggonmu dadi anak pupon, ora, yèn uniku kok encokake mrono têtêp jênêng luput, awit banjur nyimpang saka karêpe kang têmênan. Kowe rak iya ngrêti, apês mono, ora pilih marga, ora mawang luhur asor sugih miskin, iya ora mawang anak pupon utawa anak têmênan, dadia anak têmênan, yèn dhasar pinasthi apês ora kurang dalane, kosok-baline: sanajana anak pupon, yèn pancèn pinasthi anduwèni bêgja, iya ora kurang margane. Tumrap awakmu, bakal bêgja apa arêp cilaka aku ora sumurup, prakara kang mangkono aran prakara kêkêran, bisane kasumurupan yèn prakara mau wus kawêdhar, ibarate bêbuntêlan wis dibukak. Aku mung duwe pangandêl, iya kaya kang wis dak ucapake, yèn dhasar awakmu anduwèni bêgja... ora kurang dalane, yèn pancèn kudu cilaka... iya ora kurang margane. Kowe, Di, dak arani bocah bêgja yèn pancèn lastari kapupu anak dening dara tuwan, nanging yèn ora... iya ora.

Kula botên lastantun kapupu anak dening papah, mêsthinipun yèn kula dipun tundhung, rak inggih, ta.

Ora mangkono, karêpku: yèn dara tuwan seda, dadi ya ora seda iya yèn tumiba ing kacingkrangan utawa kasusahan liyane. Prakara ditundhung... ora bakal, aku nêksèni dhewe yèn katrêsnane dara tuwan lan dara nyonyah marang kowe gêdhe têmênan. Bisa uga kowe ditundhung, Di, anggêr kowe anduwèni pokal kang ora bênêr.

Atmadi kèndêl kemawon, ing sêmu anggagas sayêktos dhatêng wicantênipun Bok Sura wau. Bok Sura takèn: Kapan olèhmu arêp mangsuli layang iku.

Atmadi mangsuli: Mangke inggih prayogi, têrus kalêbêtakên dhatêng ngêbis, supados benjing-enjing têrus sagêd mangkat.

Bêcik. Aja kalalèn, bêktiku aturna dara tuwan lan nyonyah apa manèh kirim slamêt marang nyo Prang lan nah Idhah.

Inggih.

Atmadi lumêbêt ing griya, nyêrat sêrat ingkang badhe kakintunakên dhatêng Prang, lêrês ing wêkdal samantên sampun jam pitu, ewasamantên, Atmadi sagêd nyêrat kanthi gampil, jalaran sadaya dilah sampun dipun sumêdi, padhang bangêt. Sasampunipun rampung wangsul manggihi Bok Sura, sêrat kabêkta, suraosipun kacariyosakên, supados kalêrêsakên samasa wontên ingkang kirang prayogi utawi wontên ingkang lêpat.

Sarêng sampun rampung, Bok Sura wicantên: Iya, wis bêcik.

Atmadi kêtingal bingah, sêrat lajêng kalêmpit, tumuntên kalêbêtakên ing amplop ingkang sampun kaadresan tuwin dipun prangkoni, sasampunipun dipun tutup lajêng kaêbisakên, botên dhatêng kantor pos, nanging dhatêng ngêbis ingkang dumunung wontên prapatan ingkang botên patos têbih saking griyanipun Tuwan Harting, watawis lampahan gangsal mênitan makatên.

12. Mlêbêt dhatêng pamulangan dhoktêr.

Kados punapa bingahing manahipun Bok Sura tuwin Atmadi, dene ing satunggalipun sontên sami dipun wartosi dening Tuwan Harting bilih kirang kalih minggu malih tuwan tuwin nyonyah Hèldhêring badhe dhatêng. Amargi sampun nampèni sêratipun, malah ing sêrat kapratelakakên, yèn tanpa alangan dhatêngipun tuwan tuwin nyonyah Hèldhêring wau ing tanggal pitu dintên Saptu.

Kirang kalih dintên saking dhatêngipun Tuwan Hèldhêring kados ingkang kawrat wontên ing sêratipun, inggih punika ing dintên Kêmis tanggal kaping gangsal, Tuwan Harting tampi têlegram saking Ngayogyakarta, saking Tuwan Hèldhêring, nêrangakên yèn dhatêngipun botên èstu dintên Saptu, enjing-enjing sontên, dados ing dintên Jumuwahipun. Sarampungipun maos têlegram wau Tuwan Harting wicantên dhatêng Atmadi, têmbungipun: Papahmu arêp têka sesuk sore, Di.

Atmadi angsuli kados pitakèn: Botên èstu benjing Saptu.

Ora. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 38, 1 Bêsar Taun Alip 1859, 11 Mèi 1929, Taun IV

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [581] ---

Ôngka 38, 1 Bêsar Taun Alip 1859, 11 Mèi 1929, Taun IV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Sumbawa

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaring sawênèhipun lèpèn ing kitha Sumbawa. Toyanipun migunani kangge têtanèn. Mirid wujuding lèpèn tuwin têtuwuhan ing sapinggiripun, nandhakakên bilih ing panggenan wau taksih kathah papanipun rungkud. Ewadene kêtingalipun wontên ing sawangan ugi adamêl sêngsêm.

--- 582 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja, Ind. Arts ing Kudus

Sambêtipun Kajawèn nomêr 37.

Ngaso lan tilêm.

Manawi tiyang tansah nyambut damêl tanpa ngaso, mêsthi badhe andadosakên sakit, mila sampun ngantos sayah sangêt.

Dene tilêm punika salêrêsipun pangasoning badan, pramila manungsa bêtah sangêt tilêm. Bakda nêdha prayogi ngaso utawi tilêm sawatawis, supados wadhuk sagêd nyambut damêl kanthi sae.

Wontên bôngsa dhoktêr (propesor) ingkang nyobi sagawon kalih sami dipun sukani nêdha. Ingkang satunggal tansah dipun lampah-lampahakên, ingkang satunggal dipun kèn tilêm ing kandhang. Antawis satunggal jam sagawon kalih-kalihipun wau dipun pêjahi, lan dipun priksa wadhukipun, pinanggihipun sagawon ingkang sampun tilêm têtêdhanipun ingkang wontên ing wadhuk sampun têlas, dene sagawon satunggalipun têtêdhanipun dèrèng ajur.

Tumrap tiyang sêpuh tilêm siyang inggih sae, nanging sampun ngantos langkung 1 utawi 1½ jam, manawi sami tilêm sampun ngantos kadalon, supados ing wanci enjing sagêda sampun tangi.

Tilêm 6 utawi 8 jam kangge tiyang sêpuh sampun cêkap, sampun sami rêmên mêlèk ngantos dalu. Sagêdipun tilêm sakeca kêdah badan sayah, nanging sampun ngantos sayah sangêt. Sênthong (kamar) kêdah pikantuk hawa ingkang sae, panggenan patilêman sampun cakêt kalihan tembok ingkang têlês.

Wadhuk botên kenging kothong utawi kêtuwukên.

Bab jêjodhoan.

Saking tinarik dening kodrat, tiyang punika mêsthi ajrih dhatêng bêbaya, saha sasagêd-sagêd nyingkiri barang ingkang sagêd aniwasi. Prêlunipun sampun ngantos kapitunan, sampun ngantos kacilakan.

Tuladha. Yèn wontên tiyang lumampah ing sangandhaping wit kalapa punika manawi ningali nginggil kuwatos bokmanawi kadhawahan kalapa garing utawi blarak garing. Samantên ugi manawi wontên lare dolanan ing sangandhaping wit kalapa, tiyang sêpuhipun bêngok-bêngok: Aja dolanan ing kono, mêngko nèk katiban krambil. Sapanunggilanipun.

Sampun limrahipun manungsa punika jalêra èstria, yèn sampun diwasa lajêng mêdal kabêsusanipun utawi kaberaganipun. Jalêr ningali èstri utawi kosok-wangsulipun, lajêng gadhah rêmên utawi sênêng. Makatên ugi kewan ingkang sampun dumugi mangsanipun inggih lajêng gadhah rêmên dhatêng bangsanipun. Punika tôndha-tôndha yèn tiyang utawi kewan bêtah nangkarakên.

Lakirabi kados adat punika manawi salah satunggal jalêr utawi èstri botên bagas kasarasan, sagêd andadosakên susah utawi sakitipun salah satunggal utawi kalih pisan.

Mênggah kêkiyatan utawi bagas kasarasanipun [kasarasanipu...]

--- 583 ---

[...n] lare punika gumantung wontên ing anggèipun emah-emah, awit tumraping ngagêsang punika bakunipun wontên ing jêjodhoan.

Bôngsa kula Jawi punika tumrap jaman sapunika kenging kaetang alit-alit, cêlak umuripun, saha enggal sêpuh botên kados tiyang jaman kina.

Malah ugi wontên pitakenan dhatêng tiyang sêpuh makatên: kenging punapa tiyang jaman sapunika punika alit-alit, botên kados sabarakanipun êmbah-êmbah kula. Dene wangsulanipun makatên: iya, lha wong bocah lanang saiki kuwi cilik-cilik wus padha wani wong wadon. Dene sabab-sababipun botên dipun têrangakên.

Saha wontên malih pangandikanipun para sêpuh makatên: Lho, ya gene Si Sastra iku barakane anakku, têka saiki wus tuwa ngungkuli aku.

Môngka miturut cariyos jaman rumiyin tiyang punika ugi botên alit saha cêlak umuripun, kados jaman sapunika, ananging sapunika turun-maturun saya alit tur umuripun botên panjang kados tiyang jaman kina, punika punapa sababipun. Bokmanawi para priyantun kados-kados ugi sampun uninga, punapa ingkang andadosakên sabab wau, kados ta:

1. sabab saking turunipun botên kaudi (wiji awon).

2. sabab saking dayaning papan lan hawa (hawa bêntèr tumrap sapunika).

3. sabab saking rêkaos anggènipun pados pangupajiwa.

Têrangipun bab 1 ingkang prêlu tumrap kasarasan makatên: mênggah tumrap jaman sapunika wau, caranipun lakirabi kathah ingkang kalintu, jalaran saking dèrèng mangrêtosipun utawi katarik saking hawa napsu ingkang botên sae (karoyalan) môngka ingkang dados lajêripun tiyang lakirabi punika badhe anurunakên. Badhe kasambêtan.

[Grafik]

Ing sisih punika gambaripun griya poliklinik P.S.I. bagean P.K.O. manggèn ing kampung Bèji, Pakualaman, Ngayogya. Waragadipun têlas f 4000.- saking kadarmanipun pangagêng têtiyang siti tuwin bôngsa Tionghwa. Kirang langkung ingkang sapalih kadarman saking Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Pakualam.

--- 584 ---

Kawruh Sawatawis

Tiyang Kêmbar

Sambêtipun Kajawèn nomêr 37.

Tuwan Grap mangsuli kanthi lêganing panggalih: Kenging mawi sangêt, prêlunipun janji sampeyan sênêng.

Tuwan Grap lajêng maringi sangu, tumbasan pangangge, kanthi mêling: poma, sadaya kêdah ingkang nomêr satunggal. Lan sampeyan kalihan nak dhèrèk sampeyan ingkang sakit, kêdah bidhal rumiyin, sêpur, kapal kêdah nomêr satunggal.

Kalampahan nonah kalihan nak dhèrèkipun ingkang sakit, ingkang sajatosipun pacangan waras wiris lajêng bidhal rumiyin, iba anggènipun pating jêgigik.

Para maos sampun kalèntu ing panampi, dene ing ngriki lajêng ngandhar-andhar nyariyosakên lêlampahan sanès, nanging mênggah kajênging cariyos prêlu badhe nêrangakên bab pinanggihing tôndha yêkti ing bab wêwatêkaning tiyang, awit ing wêkasanipun badhe kêtingal, bilih wêwatêkaning tiyang kêmbar punika botên sami, dening kadayan dhawahing piwulang tuwin panggulawênthah. Lajênging cariyos makatên:

Sadumugining Montêkarlo tiyang kêkalih ingkang kasêbut ing ngajêng inggih lajêng kapanggih kalihan Tuwan Grap, saha Tuwan Grap lajêng nyewa dalêm piyambak, agêng tur sarwa botên kuciwa. Kados punapa sênêngipun tiyang èstri wau, sagêd cêlakan kalihan pacangan, manggèn wontên ing papan ingkang sarwa nyênêngakên, wah botên kêkirangan satunggal punapa, sadaya-sadaya namung dipun sanggi ing Tuwan Grap. Nanging lêlampahan punika manawi dèrèng kalêrêsan, sanadyan nyatanipun kados makatên, nonah wau malah lajêng kêtingal susah, pasêmoning susah ngungkuli kala sawêg nêmbe dipun sumêrêpi ing Tuwan Grap, mila Tuwan Grap ngantos mitakèni, têmbungipun: Punapaa sampeyan kêtingal susah malih, malah panyawang kula nglayunging guwaya sampeyan ngungkuli kala rumiyin. Sampeyan sampun pakèwêd, cariyosa kemawon, punapa ingkang kirang, manawi kapengin badhe sênêng-sênêng, ingkang prêlu ngangge wragad kathah, kenging, pintên waragadipun, kula ingkang nyanggi.

Nonah wau ngantos palênggongan, saha lajêng matur kalihan unjal napas: Tuwan, sayêktosipun ingkang andadosakên susahing manah kula punika prakawis anggèn kula dora ing panjênêngan. Kauningana, tiyang jalêr ingkang kula awatakên nak dhèrèk punika yêktosipun pacangan kula.

Tuwan Grap lajêng gumujêng ngakak kalihan ngandika: Punika kula malah sukur, sampeyan sampun pakèwêd, lajêng sampeyan ajak bingah-bingah wontên ing ngriki, kula badhe botên makèwêdi, cêkakipun bôndha kula punika kenging sampeyan angge sênêng-sênêng sakajêng sampeyan, bêtah kula namung badhe nyênyênêng sampeyan.

Nonah mangsuli kalihan malênggong: Sih kamirahan [kamirah...]

--- 585 ---

[...an] panjênêngan kula tampèni kanthi gênging panuwun, lan kula rumaos manggih kabingahan ingkang jalaran saking luhuring panggalih panjênêngan. Nanging tuwan...

Tuwan Grap: Nanging kadospundi.

Nonah: Kauningana, pacangan kula sarêng wontên ing ngriki lajêng malih, rintên dalu namung kasukan, wutahing arta kados tanpa petangan.

Tuwan Grap: Kajêngipun, têlasa pintên kemawon botên dados punapa. Arta kula cêkap.

Nonah: O, tuwan, kula tansah ngaturakên gênging panuwun dhatêng panjênêngan, nanging kauningana, pacangan kula sapunika sampun kasupèn dhatêng kula, malah sampun gandhengan kalihan tiyang sanès.

Grêg, Tuwan Grap kèndêl kemawon kalihan nguyêg-uyêg githok, lajêng gèdhèg-gèdhèg, wusana ngandika alon: Salaminipun, nagari ngriki punika panggenanipun tiyang ngabotohan, tiyang among sênêng, ingkang wêkasanipun dados thethekan. Kula sampun mangrêtos manawi kula murugi nagari panggenaning bêbaya, nanging kula botên tilar wêweka, tuwin botên kêkirangan bôndha, dados kula inggih tansah èngêt kemawon. Sampun ngatên kemawon, pacangan sampeyan wau sampeyan udi murih sagêdipun èngêt dhatêng sampeyan, manawi sampun èngêt, lajêng sampeyan ajak kesah saking ngriki kemawon, kintên kula lajêng sagêd têntrêm.

Nonah: O, punika lôngka kalampahanipun, amargi pacangan kula wau sampun angsal pacangan sanès, tiyang sugih sangêt, ingkang punapa-punapanipun ngungkuli kula, dados mokal sangêt sagêdipun ngongkihakên ing piyambakipun.

Tuwan Grap namung gèdhèg, wusana namung dhawah wêlas. Dene tiyang jalêr pacanganipun nonah wau kalajêng supe, malah lajêng saèstu dhaup kalihan pacanganipun enggal, lan dados tiyang pinunjul, sagêd momoran kalihan bôngsa luhur wontên ing pasamuwan. Nonah kantun amêmêlas.

Wêlasipun Tuwan Grap dhatêng nonah wau ngantos ngêndhihakên dhatêng kasusahanipun piyambak, wontênipun namung wêlas thok, awit nonah wau wontênipun ing ngriku tanpa kanthi, lan malih manawi mirid wujudipun, mokal sangêt saupami ngantos dipun êmohi ing tiyang jalêr, sawêg mripatipun kemawon sampun adamêl tiwasing tiyang sanès, awit landhêping liring ingkang pindha pasopati, tangèh wontên tiyang ingkang kuwawi ananggulangi, ingkang adhakan dados bayangan. Jêbul dilalah liring ingkang pindha pasopati wau ing têmbenipun malah ngèngingi Tuwan Grap piyambak. Hut, sasat sanjata makan tuwan.

Sarèhning tita, sadaya sampun sêpên ing èwêd pakèwêd, lajêng badhe dhaup. Nanging grêg, Tuwan Grap mêksa anduwa, pangandikanipun: O, wong ayu, ayumu tak eman, aja nganti kowe nêmu piduwung ing buri, kowe aja ngantêpi aku. Sumurupa, aku iki wis arêp mati.

Saking kagèting manah, nonah anêrangakên kêbak ngungun: Nu-n, badhe seda. Kadospundi, punapa badhe nglalu.

Tuwan Grap: O, ora mangkono nonah, satêmêne anggonku ninggal nagara wutah gêtihku,

--- 586 ---

jalaran aku dipêthèk sawênèhing dhoktêr, yèn aku ora suwe bakal tumêka ing pati, aku banjur golèk panglipur mrene kiyi. Dadi tinêmuning lêlakon iki, yèn tak banjurna mung bakal gawe susahmu, awit aku wis nyêdhaki titimôngsa tibaning pati. Malah dhèk wingi aku wêruh dhoktêr kang mriksa aku dhèk biyèn iya ketok ana kene.

Nonah wau lajêng kèndêl kemawon, wusana enjingipun Tuwan Grap kalihan nonah nuju wontên ing pasamuwan, Tuwan Grap priksa dhoktêr ingkang kacariyos lajêng ngandika: La kae galo nonah wonge.

Ing sanalika nonah wau cêtha botên pangling dhatêng wujudipun tiyang ingkang katêdahakên saha lajêng wicantên: O, punika pancèn tiyang plancongan, rêmênipun namung gêgombyakan.

Tuwan Grap kêncêng amastani dhoktêr, nonah kêncêng amastani sanès. Wusana Tuwan Grap lajêng telêgram dhatêng ing Londhon, pitakèn lêrêsipun ing bab wau, saha mratelakakên titimôngsa nalika mriksakakên, lajêng angsal wangsulan bilih tuwan dhoktêr ingkang kacariyosakên wau botên nate mriksa dhatêng Tuwan Grap, malah ing titimôngsa nalika Tuwan Grap mriksakakên wau tuwan dhoktêr nuju kesahan. Nanging sayêktosipun tuwan dhoktêr punika gadhah sadhèrèk plêk ing warni, pancèn kêmbar, ingkang rêmên gadhah lampah awon. Dene têrangipun babarpisan, Tuwan Grap punika pancèn kapusan, nalika dipun priksa tuwin dipun pêthèk punika dipun tindakakên dening sadhèrèkipun tuwan dhoktêr.

Sarêng têtela kados makatên, Tuwan Grap saèstu dhaup kalihan nonah saha lêstantun ayuswa panjang.

Mênggah wosing cariyos punika namung nyariyosakên, bilih wêwatêkaning tiyang tuwin warni punika botên sagêd sami. Tur ingkang kacariyosakên punika tiyang kêmbar.

[Grafik]

Masjid ing Sibulgah ingkang sakalangkung nêngsêmakên, adêging masjid angongkang toya, parêdènipun katingal anggamêng kados amagêri, nyata kados kaanan salêbêting pasupênan.

--- 587 ---

Bab Têtanêman

Ngimbu Pisang

Tumrap ing tanah Jawi, ing pundi kemawon tamtu kathah wit pisang, sabab kalêbêt dipun sênêngi sangêt dening tiyang bumi, saha pananêmipun gampil, prasasat mèh botên usah karimat, tur kathah paedahipun, kajawi wohipun eca katêdha, godhongipun kenging kangge mungkus têtêdhan, sarta gêdêbogipun ingkang garing kenging kadamêl tangsul kasuwir-suwir. Tiyang bumi ingkang gadhah pêkawisan, sanadyan kaêdêgana griya, janji taksih wontên papanipun, tamtu ing ngriku dipun tanêmi pisang.

Pisang punika ingkang eca pancènipun bilih matêng piyambak ing wit, nanging ragi pakèwêd panjaginipun, punapa malih ingkang katanêm têbih saking griya, kados ta: ing têgilan utawi ing pakawisan ingkang botên dipun ênggèni ing tiyang, sabab matênging pisang satundhun, botên sagêd sarêng, môngka ingkang matêng rumiyin tamtu konangan ing ama (codhot) lan tamtu dipun têdha. Upami pisang satundhun kabrongsong rapêt, ing têmbe ugi sagêd ngundhuh sampun matêng babarpisan, nanging sok asring kacolong ing tiyang, sabab saking gampiling panyolongipun, botên usah sarana kapènèk, katêgor gêdêbogipun kemawon lajêng pêpês. Mila pisang punika ingkang kathah-kathah kaundhuh sadèrèngipun matêng, lajêng dipun imbu.

[Grafik]

Tatanipun numpuk pisang murih ringkês.

Ngimbu pisang salirang kalih lirang punika gampil, kadèkèk ing panggenan ingkang pêtêng, upami ing bênèt kas, sangandhap ambèn ing sênthong, salêbêtipun tigang dintên kemawon inggih sampun matêng sadaya. Nanging ngimbu pisang kathah supados matêng sarêng badhe kasade matêng kêdah mawi akal sanès, tur enggal matêngipun. Ingkang sampun kula tingali piyambak, bakul pisang anggènipun ngimbu makatên:

Pisang satundhun utawi langkung kaprethelan rumiyin dados lirangan, lajêng damêl luwangan ing siti, wiyaripun sacêkapipun kangge mêndhêm pisang wau, ing luwangan ngriku dipun sukani lèmèk gêgodhongan garing, lajêng lirangan pisan punika katata ing luwangan [lu...]

--- 588 ---

[...wangan] wau, ing nginggil katutupan godhong lajêng dipun urugi siti, nanging dipun dèkèki bolongan satunggal utawi kalih, kalêbêtan sêmprong bumbung dêling. Sakubêngipun kaurug siti ingkang rapêt, lajêng clangaping sêmprong ing sisih jawi dipun lêbêti mêrang utawi blarak, têrus kabêsmi, tamtu kukusipun sami lumêbêt ing luwangan mêdal ing sêmprong punika. Manawi kintên-kintên kukusipun sampun cêkap ingkang lumêbêt ing luwangan, sêmprong wau kadudut, lan bolongan tilas sêmprong katutup rapêt mawi siti. Mawi pratikêl kados makatên wau, salêbêtipun sadalu utawi kalih dalu, pisang ingkang kaimbu, adat ingkang sampun sami matêng sadaya. Pisang ingkang dipun imbu makatên, dipun wastani dipun sêmprong.

Supardan - Purwakêrta.

Sandisastra

Kaparênga kula badhe mêwahi katrangan bab sanditirta, awit ing Kajawèn, dèrèng wontên ingkang nêrangakên.

Sanditirta punika ingkang kaangge mangsi toya jambe ingkang dêmêgan, manawi kasigar tamtu mêdal toyanipun. Lajêng kasêratakên ing dalancang, manawi sampun lajêng kaisis, murih garingipun. Sagêdipun katingal manawi dlancang kacêlup ing toya. Lan ugi kenging kasêratakên ing badan, kados ta: ing lêngên utawi ing gigir, manawi sampun garing lajêng kagosok awu dalancang ingkang kabêsmi, sêratanipun lajêng katingal cêtha: inggih punika kawastanan sandiraga.

Bab sandiraga punika asring kenging kangge sulapan. Inggih punika mindhahakên sêratan saking dalancang limrah, lajêng kagosokna ing raga, para maos kula aturi nyobi.

Sandisrana inggih sandiciri, ingkang kaangge godhong sêdhah kapipis, lajêng kasêratakên ing rasukan ingkang prêlu kacirenan, supados sampun ngantos ical. Saya dangu saya krakêt, sanajan kanggea barang pêthak. Gampilipun, godhong sêdhah katèmplèkna dhagêngdhatêng. rasukan lajêng kasêrat. Kajawi punika, wontên malih pratikêl ingkang langkung awèt katimbang sêdhah, inggih punika pêthaking tigan ayam, kalèlètna ing rasukan wau, manawi sampun garing lajêng kasêrat mawi mangsi cêmêng, utawi abrit sakarsa-karsa. Punika sagêd ngantos sabujading rasukan, botên sagêd ical.

Sandiswara, inggih punika sêratan Malayu kasêrat balik (nyungsang) kados sêratan Arab, kados ta: Malas ajas najilakas pamaosinpamaosipun. saking têngên mangiwa: Salam saja sakalijan.

Kajawi punika kula kaparênga nyuwun sêsêrêpan, wontênipun côndrasangkala, kadospundi watonipun.§ Prayogi mundhuta buku Katrangan Côndrasangkala, Serie No. 781 wêdalan Bale Pustaka, rêgi f 0.80. Red.

Martaraharja. Taman, Madiun No. 1679.

--- 589 ---

Waosan Lare

Sadulur Tunggal Suson

Rêjane nagara anyar

[Pangkur]

mêngko ambalèni crita / lakune kang parau saya minggir / mung saka katut ing alun / kang nêmpuh nyang dharatan / ing wujude tansah ketok kombak-kombul / dharatane saya cêtha / pasisire wêdhi putih //

pangeran alon ngandika / aku takon iki arêp nyang ngêndi / dene anggone lumaku / wis pirang-pirang dina / dene kaya kêbingungan sing dijujug / iki lakumu rak sayah / kaya uwong ora ngrêti //

yèn mungguh uwong dipatah / ing bênêre mêsthi kudu pratitis / awit yèn mirid ing laku / kaya wong tanpa sêdya / mung mung dupèh aku iki sarwa nurut / ananging apa kokira / aku mênyang kowe wêdi //

nadyan aku tanpa rewang / yèn ngantia atiku thukul sêrik / yèn mung mungsuh wong saprau / ayake ora wêgah / wis ta ayo lèrèn ana kono iku / wis kabèh aja sêmbrana / mêngko mundhak tak têmpiling //

wong saprau padha nratap / ana siji matur angarih-arih / inggih gusti kula nuwun / o mugi sampun duka / yêktosipun punika sadaya bingung / awit purug kang pun sêdya / o gusti dèrèng pinanggih //

sang pangeran saya duka / lan ngandika sêru karo nudingi / mèmpêr bangêt lan rupamu / uwong diutus nata / pêng-pênganmu mung bisa ngandhakke bingung / mokal bisa nguwisana / yèn aku ngantia wani //

pangeran nyat banjur nyandhak / kêmudhining prau diingêr gêlis / lan ambabar layar mlêndhung / karo ngandika santak / ing patutmu ora ngrêti mênyang prau / juru mudhine dicandhak / banjur dibuwang gumlinting //

uwonge tanpa sêsambat / wise tangi nuli andhingkluk linggih / tanpa obah mung tumungkul / wong sing dadi têtuwa / banjur nyêdhak nyang pangeran karo ngimur / sampun gusti sampun duka / pintên kuwawining alit //

abdi punika sadaya / namanipun namung sami sadrêmi / ngêmban dhawuhipun ratu / pangeran angandika / kowe bênêr kabèh aku uwis wêruh / nanging tindakmu rak padha / sajak ora angrampungi //

dhawuhe biyèn priye ta / aku arêp didokok ana ngêndi / wong sing didhawuhi matur / dhawuhipun nayaka / mung kapurih andèkèk ing pulo suwung / pangeran mèsêm ngandika / rak dumunung ngono kuwi //

apa ta kokira mayar / wong bêbakal ana panggonan sêpi / ning iya ta aku sukur / awit mungguh manungsa / kamulyane kabèh ana bau suku / yèn têmên-têmên kêduga / mêsthi bisa dadi bêcik //

wis aku bêcik unggahna / ana kono tur rak ya ênggon sêpi / kêlakon praune mau / wis minggir nyang dharatan / nuli minggah sang pangeran karo guyu /

--- 590 ---

ing sêmune ketok rêna / wusana ngandika manis //

aku bangêt anarima / dene bisa manggon panggonan bêcik / lêmah kêtumpangan banyu / papane ketok wrata / doh cêdhake sêdhêngan lan gunung-gunung / alas-alase ya ana / wujude ora mêdèni //

nanging aku tulungana / saanane apa barang piranti / lan wiji-wiji sing cukup / warnane pêpakana / lan mêsthine ya dokokana rewangku / kênaa taka nggo kônca / anggonku angolah bumi //

ing cêkake dhèk samana / wis kalakon pangeran angênggoni / nèng têngahing pulo suwung / kang adoh kene kana / ora suwe ya olèh kônca gumrudug /padha kêrèh sang pangeran / lan diêtrapake wajib //

kabèh wong sing padha têka / yèn sing akèh bôngsa kêsèd sing mêsthi / mung barêng nèng kono mau / kabèh padha kêpêksa / nyambut gawe ora kêna ala nganggur / pangêrèhe jêng pangeran / kêras nanging amarasi //

ing sawise ketok tata / bumi mlumah têtandurane bêcik / pari wulène mantêlung / kaya ora kuwata / têgalane lombok terong nganti nglangut / jêng pangeran sok ngandika / galo sawangên saiki //

tanduran sing kaya ngana / tumrap wonge mêsthi tuman nandangi / iku brêkat luwih sumbut / pancèn ya rada beda / yèn kotimbang karo mung nyêkukruk /Kurang dua suku kata: yèn kotimbang karo amung anyêkukruk. pêng-pêngane dadi lara / tur koncatan ing rijêki //

barêng saikine nyata / tinêmune kaya mangkono kuwi / mungguh ayêming atimu / rasane apa beda / kaya uwong ditunggu ing bôndha mumbruk / tur rasane ora ngôngsa / pamêtune ambrêkahi //

ing suwe-suwe katara / uwong kono komuk wong tani bêcik / ngêlare bumi disêngkut / wis akèh omah-omah / ketok asri kaya omah kampung-kampung / malah banjur mundhak-mundhak / plêk kaya nagara apik //

nuli wong kang dagang layar / ana mampir kulakan bêras pari / karo angêdoli butuh / nuli saya sumêbar / pating sliri ing kono têkaning prau / cêkake dadi nagara / misuwur murah rijêki //

nagarane banjur karan / manut saka bab murahing rijêki / kamurahan kasêbut /Kurang satu suku kata: kamurahan kang kasêbut. wartane uwis têkan / kana-kana malah têkan Tanjunggunung / banjur dadi panggalihan / dikira yèn arêp wani //

dene wis gawe nagara / disuyudi wong akèh andalidir / akèh têlik sing malêbu / arêp nyatakke padha / nanging malah padha katrêm krasan kumpul / sing mangkono wis dilalah / brêkahe wong ati bêcik //

pangeran ya wis karasa / yèn ing kono uwis disujanani / ing nagara Tanjunggunung / ewadene pangeran / ora niyat arêp ngungkat-ungkat nêpsu / kabèh mung môngsa bodhoa / janji wis kêtêmu manis //

--- 591 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Darmawisatanipun Petruk dhatêng Tanah Jawi Têngah

XVIII.

Petruk : Sadurunge padha rêmbugan ing bab kamajuaning wanita, aku arêp wêling nyang kowe, poma omongmu bok ati-atinên, aja kok wêtokake sakênyoh-kênyohe bae, awit jamane saiki kiyi kêna diarani jaman angèl lan jaman sêrik-sêrikan, ora kêna kliru têmbunge sakêcap, bisa banjur ditômpa sêrik bae, dianggêp ngerang-erang, nèk cara Landane dianggêp ambêlèdhêh.

[Grafik]

Garèng : Nèk niyatku mono iya ora arêp ambêledah-ambêlèdhêh, mung arêp anglairake panêmuku bae. Nèk rumasaku, sing diarani wanita maju kuwi, kang prêlu dhewe anggêre klakuan lan budi pêkêrtine luwih utama tinimbang biyunge, mulane wong kuna kuwi rina wêngi sing diulêg-ulêg iya murih anake wadon aja nganti cinacad mungguhing klakuan lan budi pêkêrtine, dene prakara kapintêran ora pati dipikir, anggêre bisa nyambêl sing anglabêd bae wis cukup. Sapira rêkasane biyung mulang anake wadon ing jaman sêmono, wah, kuwi ora kêna digagapi têmênan. Esuk uput-uput anake wadon wis digugah, dikon rêrêsik lan dikon anggodhog wedang, rada awan sathithik kudu ngundhêr nyang pawon, nyinau ubêting pawon, ngrajang lombok, ngrajang brambang, kobis, lan sapêpadhane. Nyinau ambumboni lêlawuhan, kaya ta: gudhêg gori, pelas katul, gêmbrot sèmbukan, jangan loncom, lan liya-liyane, aja nganti anggone ambumboni mau kasinên utawa kanyêpên, awit ing kala sêmono yèn ana prawan olah-olah kasinên utawa kanyêpên, kuwi iya banjur diarani sing ora-ora bae, kaya ta: nèk anggone olah-olah kasinên, iya banjur bae diarani: prawan kêpengin laki, lan sapiturute. Salêbare olah-olah, anak wadon dikon ika-iki, prêlune aja nganti kakehan nganggur, nèk dhong mapan turu, biyunge nunggoni, biyasane anake mau sok didhidhis, sinambi didongèngi warna-warna, kang wose mung arêp mituturi anake, murih anduwènana klakuan [kla...]

--- 592 ---

[...kuan] lan budi pêkêrti kang utama, cêkakane awan bêngi biyung tansah anjaga lan tansah ngawat-awati, aja nganti anake wadon olèh cacadan. Ha mara pikirên, jaman samono kuwi ana wong duwe anak prawan lêmu bae, wis dadi omonganing tôngga, la, nika, putrane Mas Karta, wong prawan gêdhene salumbung, wong nèk mangan botên èntên uwis-uwise, napa-napa ênggih klêbu mawon. Apa ora rêkasa, mara, wong duwe anak wadon kuwi ing jaman kuna, mula iya ora kêna dipaido, yèn banjur ana unèn-unèn: duwe anak wadon kuwi prasasat kayadene duwe satru munggimunggwing. cangklakan. Seje karo jaman saiki, tumrap sawênèhing wong tuwa - lho, aku kôndha sawênèhe, dudu kabèh wong tuwa - sajake ora pati mikir karo adat kalakuane anake wadon. Sing diwigatèkake, mung majune anggone sêkolah, tandhane: sing diincêng ya mung rêpotane sêkolahan bae, nèk bijine ora ana kursine (4) apa manèh nèk kabèh 7, kuwi wong tuwane banjur ngèkèk-ngèkèk, lan ngomong karo sanak sadulure: hla, nika, anak kula Si Painêm, ingatase cah wadon, pintêre kok ngalah-alahke ngotên. Nanging sabanjure iya ora dipikir manèh.

Petruk : Hêm, omongmu kuwi kok sajak gawe propagandhah murih panggulawênthahe anak wadon kuwi dicara jaman kuna. Lho, aku ora arêp maido, yèn manggulawênthah bocah wadon cara jaman kuna kuwi bêcik, nanging iya tumraping jaman kuna. Ananging wong kudu ngèlingi, yèn anane jaman kuwi molah-malih, sing biyèn dianggêp bêcik, saikine bisa dianggêp ala, kosok-baline sing biyèn dianggêp ala, saikine bisa dianggêp bêcik, kaya ta: ing jaman biyèn, yèn ana jêjaka royal, bojone pating slêmpit ana ing ngêndi-êndi, kuwi dianggêp apik, jarene ya kuwi aran wong lanang sêjati, nanging tumrape jaman saiki, yèn ana wong royal kaya mêngkono kuwi, sing dadi sirik ing wong têmênan, ora beda kayadene lêlara pès utawa kolerah kae, sêmono uga tumrap panggulawênthahe anak wadon, kuwi kudu ngèlingi nyang jamane, nèk panggulawênthahe bocah wadon dicara jaman kuna, ing môngka bocah lanang diuja ing pasinaone, kuwi ing têmbe burine tumrap karo-karone mêsakake bangêt. Wêruha, Rèng, wong bêbojoan kuwi ora arêp amburu kasênêngan bae, nanging lanang wadon bakal kumpul sajêge urip, murih bisa urip têntrêm lan rukun salawas-lawase, lanang lan wadon kudu bisa lira-liru pikiran. Awit saupama sing lanang dhuwur kawruhe, nanging sing wadon ora ngrêti barang-biring, kajaba mung pagawean pawon bae, nèk sing lanang arêp ngrêmbug apa-apa karo sing wadon sing rada gawat sathithik, sing wadon iya kêtungkul salah wèsêl bae, wusanane nèk ana rêmbug sing prêlu-prêlu, ora tau dirêmbug karo sing wadon, awit kuwatir yèn sing wadon tansah salah wèsêl panêmune. Murih aja nganti rêgêjêgan, pungkasane apa-apa iya mung diputusi dhewe bae. Mara, nèk nganti sêmono, apa ora mêlas karo-karone. [karo-karo...]

--- 593 ---

[...ne.] Ing môngka wong lanang wadon kuwi kêna diupamakake badan loro dadi siji, dadi siji lan sijine kêna diunèkake ora padha duwèni wadi. Nanging tumrap wong lanang sing lumuh padu, saka kuranging sêsurupane sing wadon, ana prakara apa bae banjur kapêksa disimpên dhewe, ora dirêmbug karo sing wadon, awit kuwatir yèn sing wadon salah wèsêl manèh, kang bisa nuwuhake crah ana ing sajroning ngomah.

Garèng : Lho, kuwi sing bêcik bangêt, wong lanang aja sok cal-cul mungguhing prakara apa-apa nyang wong wadon, tuladane rak pirang-pirang bangêt, wong lanang nêmoni sangsara, amarga wadine kasumurupan dening sing wadon, kang banjur dituturake marang mungsuhe. Kaya-kaya ana pituture para sêpuh mangkene: wong lanang iku aja sok ngêculake wadi mênyang wong wadon, paribasane ana, wadi kang dikandhakake mênyang wong wadon iku upamane kaya banyu diêsokake ing kalo, mêsthi ambarabas bae.

Petruk : Piwulang kang mêngkono kuwi iya ana nyatane, nanging iya tumrap wong wadon kang bodho, wong wadon kang ora ngrêti, yèn sangsarane wong lanang kuwi bisa anjalari sangsarane dhewe, aku kôndha yèn kang mêngkono mau tumrap wong wadon kang bodho, lan aku ora pisan-pisan andakwa, yèn wong wadon mau sêngaja madulake wêwadine sing lanang nyang wong liya, utawa andakwa, yèn wong wadon kuwi pancèn sugih omong, awit wong bodho kuwi, ing sarèhning ora duwe kapintêran utawa kawruh apa-apa, sing dirêmbug iya ora ana, kajaba sing diwêruhi sabên dinane. Nèk sing diwêruhi sabên dinane wong main upamane, sing dirêmbug iya kluruking kucing utawa labasing raja, kêntekane ngrêmbug sipat rongpuluh, iya banjur ngrasani tôngga têparone, suwe-suwene banjur ngandhakake apa sing diomongake bojone, lho, mêngkono sabanjure. Wis, wis, samene dhisik, liya dina padha dibanjurake.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Kawartosakên bilih kewan-kewan bangsaning gêgrêmêtan tuwin ulam loh, ingkang kakintuanêkn dening Pangeran Adipati Bèlgi saking Indhia kangge isèn-isèn musium ing Brusêl, sampun dumugi ing nagari Walandi, kajawi punika pangeran adipati piyambak ugi badhe ambêkta kewan-kewan.

Mêntas wontên sudagar agêng bôngsa Jêpan saking Tokiyo dhatêng ing Surabaya, prêlu pados sambêtan among dagang wontên ing Indhia. Wontên ing gêdhong musium barang dêdagangan Jêpan ing Surabaya, sudagar wau mitongtonakên barang-barang kulit, kacu, kaos, dhasi, topi tuwin sanès-sanèsipun, kathah para sudagar Eropah ingkang nyatakakên. Sudagar Jêpan wau ugi badhe dhatêng Sêmarang, Batawi tuwin Medhan.

Kapal Willebrord Snellius, inggih punika kapal api ingkang badhe kangge mriksa kawontênaning sagantên Indhia sisih wetan, sampun bidhal saking Aden dhatêng Indhia.

Benjing tanggal 11 wulan punika badhe wontên kapal Jêpan nama Soerabaja Maru labuh ing Surabaya, ambêkta têtamu cacah 10 sami badhe anjênêngi Pan Pacific Congres, têtamu wau bôngsa dhoktêr, guru-guru ing pamulangan luhur tuwin sanès-sanèsipun.

Kawartosakên, pangadilan militèr ing Magêlang badhe priksa prakawisipun Irsêtê Litnan C.A.J. van den Berg, kadakwa nyiksa tiyang ukuman ing Parakan, Borneo, ingkang ngantos andadosakên tiwas.

--- 594 ---

Pambantu Kajawèn ing Sêcang kintun pawartos, kala tanggal 1 wulan punika ing Sêcang, Magêlang, dipun wontênakên pakêmpalan pilihan warga (kiesman) rêgènsêkap ing Magêlang, dipun pangagêngi wadana Magêlang tuwin asistèn wadana Sêcang. Ingkang kawajiban milih namung têtiyang ingkang dêdunung ing Sêcang kemawon, kirang langkung wontên tiyang 223. Ingkang kaajêngakên wontên sawung 7 nanging sarèhning namung prêlu ngangge tiyang 5, dados ingkang kalih botên dados. Ingkang kapilih wau 1. Radèn Mas Carwitz asistèn wadana Sêcang, 2. Radèn Cakradipura, asistèn wadana pènsiun, 3. M. Sastradiharja, Lurah Sêcang, 4. Radèn Mêrtadipura, linwahtêr N.I.S. Sêcang tuwin 5. M. Kartaatmaja, up mandhor irigasi Sêcang.

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral Indho Cina sampun rawuh ing Saigon, nitih kapal pêrang Jules Michelet.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun paduka Tuwan J.W. Meijer Ranneft, pangarsa rad kawula ingkang nêmbe jumênêng.

Manton ing karaton Ngayogya sampun cêlak, kêtingal sampun wiwit tata-tata, saha mêntas wontên utusan saking karaton Surakarta sowan malêbêt ing karaton, ngrêmbag badhe dhauping pangantèn Bandara Kangjêng Pangeran Arya Jatikusuma kalihan sadhèrèk dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan.

Wiwit wulan Juni ngajêng punika, Tuwan J.D. de Vries residhèn ing Kêdhu kèndêl kalayan urmat saking panyuwunipun piyambak.

Iksamên wêkasan ing T.H.S. Bandhung, ingkang nêmpuh wontên 13, ingkang lulunlulus. Apontoweil, Croes, d'Homen, Droop, Heiblom, Jansen, Loa Wan Kiong, De Quant, Bandara Dèn Mas Saluku, tuwin Segond von Banchet. Ingkang lulus kandhidhat iksamên, tumrap bôngsa Tionghwa tuwin Jawi Go Le Hauw, Muhamad Iskandar Karyamanggala tuwin Radèn Sumana. Lulus iksamên ijker wêkasan, Muhamad Sabur.

Wontên pawartos, kintên-kintên salêbêtipun wulan punika badhe wontên wisudhan warga rad Indhia tiyang siti kêkalih, Radèn Adipati Arya Ahmad Jayadiningrat, tuwin Pangeran Arya Adipati Kusumayuda.

Lulus iksamên dhoktêr Indhia wêdalan Stovia Radèn Sarwana Prawiraharja, kanthi angsal pangalêmbana. Asli saking Surakarta, Mas Garjita, asli saking Wanasaba. Lulus iksamên bagian kapisan, Tuwan Janas, asli saking Kotagêdhang, tuwin Tuwan E. van den Worm asli saking Sêmarang.

Wontên pawartos, bilih ingkang bupati ing Batawi badhe kapindhah dhatêng Brêbês. Bupati ing Mistêrkornèlês jumênêng ing Batawi, dene ingkang kaangkat dados bupati Mistêrkornèlês, Radèn Hasan Sumadipraja, Patih Purwakarta.

Wangsulan saking Rêdhaksi

Tuwan R. Wanita ing Dhawe. Karangan panjênêngan botên kapacak, amargi kamanah botên sapintêna prêlunipun, makatên ugi gambar-gambaripun botên patos cêtha.

Tuwan H. Suwita, ing Sêmanu. Kintunan panjênêngan gambar botên sagêd kapacak, amargi botên kenging kadamêl klise.

Tuwan Sudarsana ing Pamalang. Karangan panjênêngan botên kapacak, mahargiamargi. kajawi cariyos gugon tuhon, ugi wontên kirang prayoginipun.

Tuwan W. Sudaya, ing Purwakêrta. Panjurung panjênêngan kirang prayogi kapacak ing Kajawèn.

Tuwan A. Munandar, ing Cêpu. Karangan panjênêngan botên kapacak, ing Kajawèn sampun kêrêp ngêwrat bab makatên.

Lêngganan nomêr 1156 ing Ngayogya. Ukuraning gambar alit-alitipun 9 x 12 cm, kenging apdrik kemawon. Kathah-kathahing pituwas f 2.50 sagambar. Panjurung supados kasêrat aksara Jawi.

Pawartos saking Administrasi

Tuwan Sastradiharja ing Sumabita. Mèi '29 no. 2750.

Lêngganan nomêr 2561 ing Tlasih. Lêngganan kapetang wiwit 1-5-'29, Kajawèn ingkang kêdah panjênêngan tampèni, wiwit nomêr 35 salajêngipun.

Lêngganan nomêr 2644 ing Pare. Idhêm.

Lêngganan nomêr 729 ing Kaliraman. Mriksanana pawartos saking administrasi ing Kajawèn nomêr 34 kaca 525. Yatra sampun kula tampi.

Lêngganan nomêr 1315 ing Karangturi Dhêmês. Buku 'Adat istiadat orang Belanda' rêgi f 0.75. lêngganan kapetang 1 Pèbruari '29.

Lêngganan nomêr 3820 ing Rêjatangan. Mriksanana Kajawèn ôngka 34 kaca 525. dhuplikat no. 32 sampun kakintun.

--- 595 ---

Wêwaosan

Pêpisahan 27 Taun

Karanganipun Mw. Asmawinangun ing Jatilawang, Purwakêrta

28.

Sababipun kadospundi.

Aku ora sumurup.

Atmadi enggal kesah manggihi Bok Sura, pawartos ingkang ambingahakên manahipun wau kaluntakakên, tamtu kemawon Bok Sura inggih tumut bingah, dhasar piyambakipun inggih ngajêng-ajêng saèstu dhatêng wangsulipun Tuwan Hèldhêring jalêr èstri, bandaranipun ingkang sangêt dipun luluti punika.

Dalunipun, kabêkta saking agênging bingah Bok Sura tuwin Atmadi sami botên sagêd tilêm. Kala jam mungêl sadasa, sawêlas tuwin kalih wêlas sami mirêng, mungêl satunggal, kalih, tiga tuwin sakawan ugi sami mirêng. Salêbêtipun sami abingah wau namung wontên saprakawis ingkang botên nyênêngakên manahipun, inggih punika: dalu wau rinaos dangu sangêt, beda kalihan dalu sanès-sanèsipun. Ngantos ing salêbêtipun sami glasahan sami kalair pangêsahipun ingkang botên-botên. Kala jam mungêl gangsal, Bok Sura botên sarantos, enggal tangi sarta lajêng têrus nyambut damêl wontên pawon. Dèrèng ngantos lêt gangsal mênit, Atmadi ugi mêdal, Bok Sura takèn: Êlo, dene isih wayah mene wis tangi.

Atmadi mangsuli: Inggih, kula badhe mlampah-mlampah.

Wong isih wayah mene kok arêp mlaku-mlaku.

Wontêna kamar tiyang botên sagêd tilêm, rak aluwung mlampah-mlampah.

Ora bisa turu kêna apa.

Kula botên ngrêtos ingkang dados sababipun, malah sadalu punika kula botên sagêd tilêm babarpisan.

Masthine kowe tansah mikir lan ngarêp-arêp rawuhe dara tuwan lan nyonyah, iya apa ora.

Inggih, pancèn yêktos makatên.

Hla, kuwi apa sing anjalari.

Sagêd ugi. Nanging gumuning manah kula: dalu punika wau raosipun kok dangu têmên.

Wêngine ajêg, mung pangrasamu kang owah.

Atmadi lajêng mlampah-mlampah, jam satêngah nêm langkung sakêdhik wangsul, sasampunipun adumadus. lajêng dandos, jam satêngah pitu thèng, kados adat sabênipun sarapan sarêngan kalihan tuwan tuwin Nyonyah Harting, jam pitu mangkat dhatêng pamulangan. Tamtu kemawon kawontênanipun Atmadi ing dintên wau, beda kalihan ing dintên padatanipun, ing dintên wau raosing badan botên sakeca, jalaran botên tilêm sadalu, salêbêtipun sinau kêdah ngantuk kemawon, pikiran tansah klambrangan, dhatêng piwulang botên sagêd tampi babarpisan. Kirang tilêm punika pancèn botên prayogi, awit kajawi nyuda kasarasanipun badan inggih damêl kapitunan.

Sontênipun, kirang sadasa mênit saking dhatêngipun sêpur ingkang pungkasan, Atmadi sampun wontên ing sêtatsiun, makatên ugi Bok Sura tuwin Tuwan Harting jalêr èstri, prêlu sami badhe mêthuk tuwan tuwin Nyonyah Hèldhêring, ingkang miturut ungêling telêgramipun badhe dhatêng ing dintên punika. Jam nêm kirang nêm mênut pluwitipun sêpur ingkang pungkasan sampun kamirêngan lamat-lamat, saya dangu saya cêtha, wêkasan, inggih punika jam nêm kirang kalih mênit sêpur katingal, swaranipun kumrangsang gumrêbêg. Manahipun Atmadi dados gumêtêr dhêg-dhêgan, mripatipun jalalatan maspaosakên satunggal-satunggalipun tiyang ingkang sami nglongokakên sirahipun ing jandhela. Dèrèng ngantos samênut sêpur sampun lumêbêt ing sêtatsipun,sêtatsiun. sasampunipun mandhêg, para ingkang sami numpak ambrubul sami mandhap, ngèmpêri sulung mêdal saking ing êlèngipun, sakala punika èmpèripun sêtatsiun dados kêbak, solahipun tiyang kados gabah dipun intêri, wontên ingkang lêgèh, wontên ingkang nyênyangking. Jalaran saking kawontênan ingkang makatên wau paningalipun Atmadi dados bawur, saupami tuwan lan Nyonyah Hèldhêring botên langkung ing sangajêngipun tamtu botên sumêrêp.

Ing ngriku Tuwan Hèldhêring ngêpak-êpak Atmadi kalihan wicantên: Kowe apa dhewe bae.

Atmadi mangsuli kalihan nratab. Botên, kalihan uwa tuwin pun êmbok.

Padha ana êndi.

Atmadi sawêg badhe mangsuli, Tuwan Harting jalêr èstri tuwin Bok Sura sami dhatêng manggihi. Tuwan Harting takèn: Apa padha kaslamêtan bae.

Tuwan Hèldhêring mangsuli: Pangèstumu, slamêt.

Para sadulur kang ana kana kapriye.

Ugi padha slamêt.

Samêdalipun saking sêtatsiun Tuwan Hèldhêring lajêng ngundang sadho kalih, lajêng bidhal dhatêng panggenanipun Tuwan Harting, sadho ingkang satunggal [satung...]

--- 596 ---

[...gal] dipun tumpaki piyambak kalihan nyonyah tuwin Bok Sura, satunggalipun malih dipun tumpaki Tuwan Harting jalêr èstri tuwin Atmadi. Tuwan Hèldhêring namung ambêkta kopêr kalih, kopêr sanès-sanèsipun, murih sampun ngantos rèbyèg katitipakên wontên ing sêtatsiun. Dèrèng ngantos jam pitu sadho sampun dumugi ing panggenan ingkang dipun purugi, ingkang numpak sami mandhap. Cêkakipun ing sontên wau ing griyanipun Tuwan Harting dados rame.

Wontên ing Sêmarang Tuwan Hèldhêring namung kèndêl kalih dintên, ing dintên Sênènipun têrus wangsul dhatêng Pakis, Bok Sura kabêkta, Atmadi katilar. Mila Atmadi botên tumut, awit botên nglêrêsi libur. Wangsulipun Tuwan Hèldhêring tamtu kemawon ambingahakên manahing para punggawanipun, jalaran para punggawanipun sami nêksèni piyambak bilih tuwan wau satunggalipun lêlurah ingkang sae, botên judhas, botên mara tangan, botên rêmên dipun urmati, tur gadhah katrêsnan dhatêng para rerehan, botên pilih agêng lan alit.

Kala Tuwan Hèldhêring wangsul, botên nama anèh bilih Atmadi kapengin tumut, nanging botên kalêksanan, jalaran sakêdhap malih badhe wontên liburan agêng, tur liburan sapisan punika tumrap Atmadi kenging dipun wastani liburan ingkang pungkasan, piyambakipun badhe tamat, dados ing sabibaring liburan botên badhe wangsul dhatêng Sêmarang malih. Utawi malih sinaosa botên makatên inggih mêksa botên sagêd kajurungan, jalaran prêlunipun botên wontên, manawi jalaran namung saking taksih kangên kemawon dene nama prêlu ingkang agêng. Mênggah liburipun Atmadi wau katêtêpakên ing tanggal 31 Mèi kados adat ingkang sampun.

Kados sampun limrah, samasa badhe liburan agêng sadaya para murid sami ngraos bingah kaworan kuwatos. Bingah... dene badhe sagêd ngasokakên pikiran, ingkang têbih-têbih sagêd pinanggih kalihan tiyang sêpuhipun para sadhèrèkipun. Kuwatos... ajrih bokbilih botên sagêd minggah klas. Ingkang wontên ing pangkat nginggil piyambak kuwatos bokbilih botên sagêd tamat. Tumrap Atmadi inggih makatên, saya cêlak kalihan wancinipun libur kabingahaning manahipun saya mindhak, ewasamantên kasamaranipun inggih saya wêwah, inggih punika kuwatos bokbilih botên sagêd tamat, saiba abdhe isin lan prihatosipun saupami kalampahana makatên, tur sagêd ugi badhe tampi pamaibên saking tuwan tuwin Nyonyah Hèldhêring.

Enggaling cariyos sampun tanggal 31 wulan Mèi, ing dintên wau ing wanci jam sadasa lêrês, Atmadi wangsul saking pamulangan kanthi bingahing manah, jalaran tampi katrangan saking gurunipun: sagêd tamat, tur kanthi pikantuk nomêr ingkang kagolong sae, sadaya wontên lare pitu likur piyambakipun sagêd nomêr gangsal. Enjingipun têrus wangsul dhatêng Pakis. Tamtu kemawon tamatipun wau ugi ambingahakên manahipun tuwan tuwin Nyonyah Hèldhêring.

Ing satunggalipun sontên, nglêrêsi sawêg sami lêlinggihan, Tuwan Hèldhêring takèn dhatêng Atmadi, têmbungipun: Di, sarèhning kowe wis tamat, saiki kapriye karêpmu.

Atmadi mangsuli: Kula andhèrèk kemawon.

Saupama dak sakolahake dhoktêr kapriye.

Andhèrèk.

Nanging ngrêtia, Di, sakolah dhoktêr mono suwe bangêt, wragade iya ora cukup sathithik, mulane yèn panci sênêng mlêbu mrono kudu mantêp lan tabêri têmênan, yèn ora... wis mêsthi ora bisa tutug, wêkasane mung ngêcèh-êcèh dhuwit thok.

Sakolah dhoktêr wau dangunipun pintên taun.

Sing uwis mung têlu taun, nanging wiwit saiki bakal kaowahan digawe pitung taun, basa kang kanggo padinan basa Lônda. Saka karêpku kowe arêp daksakolahake mrono bae.

Kula andhèrèk kemawon, benjing punapa lumêbêtipun.

Tanggal limalas Juli.

Dados taksih kirang kalih têngah wulan.

Iya.

Tuwan Hèldhêring bingah, dene Atmadi miturut ingkang dados pikajêngipun. Saèstu... sarêng tanggal 10 wulan Juli Atmadi kaangkatakên dhatêng Batawi, sarta ing tanggal 15-ipun tumapak sinau. Inggih punika wontên pamulangan dhoktêr Jawi, ingkang ing wêkdal samantên dèrèng nama Stovia, kanamakakên makatên kala taun 1875.

Pamulangan Stovia ing Batawi pancèn ngèmpêri kadosdene kawontênanipun manusa, sakawit alit, saya dangu saya agêng, wêkasan dados diwasa, diwasanipun pisan kala ing taun 1927. Murih cêthanipun pisan prayogi samangke dipun sêlani babad-babadipun pamulangan wau wiwit-wiwitan ngantos dumugi diwasanipun, ringkêsanipun kados ing ngandhap punika.

Sakawit pamulangan wau nama: pamulangan dhoktêr Jawi, kabikak kala taun 1851, ingkang dados dhirèkturipun paduka Tuwan Dr. P. Bleeker, muridipun namung 12, dangunipun pasinaon namung 2 taun, kala taun 1853 murid ingkang tamat 11.

Kala taun 1856 pasinaon ingkang namung 2 taun wau kaewahan dados tigang taun, sarta kala taun 1875 kaewahan malih dados 7 taun, lan kapranata dados 2 perangan:

a. Voorbereidende afdeeling, kaperang dados 2 klas, pasinaon 2 taun.

b. Geneeskundige afdeeling, kaperang dados 5 klas, pasinaon 5 taun. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 39, 5 Bêsar Taun Alip 1859, 15 Mèi 1929, Taun IV

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [597] ---

Ôngka 39, 5 Bêsar Taun Alip 1859, 15 Mèi 1929, Taun IV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Adining Alam

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun rêdi Grute (Acèh). Griya-griya ingkang wontên sangandhaping rêdi punika, griya bipak militèr, kangge ngadani damêl margi saking Longah dhatêng Calang.

--- 598 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja, Ind. Arts ing Kudus

Sambêtipun Kajawèn nomêr 38.

Saking kalèntunipun cara laki rabi kasêbut ing nginggil wau lajêng kaanggêp kasênêngan, sabab sampun kalimrah lan botên sumêrêp bilih ing têmbe wingkingipun badhe manggih kalêpatan. Kados ta: lare èstri umur 13 utawi 14 taun, lare jalêr umur 16 utawi 18 taun, sampun kajodhokakên. Malah trêkadhang kirang saking umur samantên.

Tumrap lare ingkang mangrêtos, punika botên prêlu kacariyosakên. Sarêng ingkang dèrèng mangrêtos, punika badhe adamêl kalêpatan agêng, sabab turunipun badhe ênèm.

Dene jêjodhoan, manawi jalêr saha èstrinipun taksih kênèmên punika ambêbayani sangêt, pramila sampun pisan-pisan anjodhokakên lare ingkang dèrèng cêkap umuripun.

Bôngsa Eropah, Amerikah utawi Jêpan ingkang sampun majêng, racak-racak jêjodhoan jalêr umur 25-30 taun, èstri umur 21-25 taun.

Nitik saking caranipun bôngsa ingkang sampun majêng kados ing nginggil, tumrap kita bôngsa Jawi anggènipun anjodhokakên anakipun kalêbêt taksih kênèmên.

Kadosdene jaman sapunika kathah sangêt lare neneman sampun nurunakên, inggih lêrês upaminipun wiji sêkar, dipun tanêm wau sagêd thukul, ananging thukulan wau tamtu kirang kiyat lan botên sae witipun, wusana gampil katrajang ing sêsakit. Awit tiyang ingkang anjodhokakên anakipun ingkang taksih kênèmên punika tumrapipun dhatêng wiji turunipun ringkih sangêt, makatên ugi pikiranipun lare inggih ringkih, kêkiyatanipun inggih ringkih sagêd ugi inggih tansah sakitên.

Tandhanipun wiji klapa kemawon, manawi wijinipun taksih kênèmên, benjing dadosipun kalapa manawi sampun awoh, wohipun inggih botên sagêd sae, cêngkir-cêngkiripun tansah kathah ingkang dhawah (rontog) awis ingkang sagêd sêpuh saha sae. Makatên ugi wiji jagung manawi wijinipun taksih kênèmên, witipun inggih gêtas sami ambyuk.

Panjaginipun utawi pamulasaranipun jabang bayi lan biyungipun.

Sajatosipun bôngsa Jawi punika, langkung-langkung tiyang padhusunan, ingkang kathah taksih ngangge pranatan kina, taksih gugon tuhon, sabab saking botên mangrêtosipun, pitados sangêt dhatêdhatêng. dhukun, sampun kulina sangêt dhatêng dhukun, dados botên pitados dhatêng ngèlmu kadhoktêran, awit saking botên nate magêpokan utawi sêsrawungan kalihan dhoktêr.

Samôngsa ing satunggiling griya wontên ingkang sakit utawi badhe gadhah anak, (bayi) punika sampun têmtu andhatêngakên dhukun.

Barèsipun tiyang ingkang dèrèng mangrêtos, punika [pu...]

--- 599 ---

[...nika] botên gampil dipun rêtosakên tuwin dipun gênah-gênahakên kadospundi kemawon, taksih dèrèng purun pitados dhatêng bab ngèlmi kasarasaning badan utawi panulakipun sêsakit sasaminipun.

Kajawi manawi sampun wontên katatalanipun utawi sampun wontên kanyataanipun, kados ta: upami wontên lare sakit sangêt dipun upakara dening dhoktêr utawi pêrplègêr, saha tiyang sêpuhipun lare wau nungkuli piyambak, lare wau lajêng saras kados adat, punika nêmbe pitados sayêktos dhatêng dhoktêr, kados ta suntikan pathèk, tiyang dhusun sampun pitados saèstu, amargi kênyataanipun wontên, ingkang pathèkên sêsampunipun kasuntik (Salvarsan) salêbêtipun sawatawis dintên pathèkipun sami gogrog lajêng saras.

Sajatosipun nagari punika panjaginipun bab kasarasan tumrap têtiyang dhusun taksih kirang sangêt. Môngka ing dhusun punika kaetang kathah tiyang utawi lare ingkang sakit panastis (malaria) badan lêmês, lumpuh, cacingên, pathèkên, korèngên, gudhigên lan sapanunggilanipun.

Bribik-bribik nagari sampun ngawiti ing pundi-pundi dhusun ingkang prêlu, dipun paringi dhoktêr lan mantri pêrplègêr kangge nanggulangi sêsakit cacing pamêlikan (mijnwormziekte) awit sakit punika ambêbayani, sagêd nular-nular, sadhusun têtiyangipun sagêd katrajang sadaya. Mangke badhe kula têrangakên sadaya sêsampunipun nyandhak bab sêsakit.

Tiyang èstri manawi sampun wawrat, 280 dintên utawi 40 minggu punika limrahipun anglairakên jabang bayi. Petangan punika sajatosipun namung kintên-kintên kemawon, awit tiyang utawi dhoktêr botên sagêd sumêrêp lêrês wêkdal kêmpalipun wiji jalêr kalihan wiji èstri ingkang lajêng dados gatra. Namung ingkang kangge ancêr-ancêr punika samasa kèndêl anggarapsari, mratandhakakên bilih wiji-wiji wau sampun kêmpal dados gatra (ngandhêg).

[Grafik]

Lare ingkang taksih pathèkên, saha ingkang sampun saras.

Tôndha-tandhanipun èstri ingkang wawrat tumrap èstri ingkang saras limrahipun:

1. anggarapsari kèndêl.

2. badan kraos lêmês utawi kapengin mlampah-mlampah plêsir (sênêng-sênêng).

3. nyidham kapengi nênêdha ingkang sêgêr-sêgêr, trêkadhang botên purun nêdha punapa-punapa.

4. ênêk, sirah ngêlu luntak-luntak, sok kêdah sêmaput.

Ingkang botên limrah punika ingkang wawrat botên kraos punapa-punapa kados tiyang saras kêmawon, botên ngêlu botên nyidham, lan sanès-sanèsipun. (Badhe kasambêtan)

--- 600 ---

Jagading Wanita

Katrangan Katur Sadhèrèk Wara Ranumiyarja ing Wèltêprèdhên

Ing Kajawèn nomêr 37 sadhèrèk Wara Ranumiyarja, ing karanganipun: Waluyan, nêrangakên yèn pakêmpalan Rukun Wanodya rumaos dipun wancahi dening sadhèrèk Wara Sudarma Atmaja ing sêsorahipun kangge pakêmpalan Margining Kautaman, ingkang miturut pêrslah Kajawèn, mungel:... ewadene sanajan dumuginipun sapunika pisan, inggih taksih wontên priyantun, ingkang dèrèng nyondhongi, tandhanipun kala konggrès ing Mataram, para wanita ingkang rawuh ing konggrès dèrèng malêbêt warga P(erserikatan) P(erempoean) I(ndonesia) sadaya.

Kawuningana pêrslah ing Kajawèn mlèsèt sakêdhik§ tamtunipun pêrslah wontên ing sêrat kabar punika botên sagêd ngêplêki kados punapa ingkang dipun sorahakên, nanging namung kacêkak kemawon. amargi sadhèrèk Wara Sudarma Atmaja criyos ing têmbung Indhonesiah makatên: ,,Kita haroes mengetahoei bahwa sampai sekarang djoega masih terdapat orang-orang jang tida soeka dengen tjita-tjitanja R.A.K. Congres perempoean di Mataram jang baroe laloe ini adalah soeatoe boekti atas perkataan saja tadi. Banjak perkoempoelan jang mengeondjoengi itoe Congres, tetapi sampai sekarang beloem semoea perkoempoelan jang mengeondjoengi itoe Congres mandjadi anggauta P.P.I. (Perikatan Parempoean Indonesia.)

Dados rêdhaksi Kajawèn kêsupèn nyêbutakên ,,sampai sekarang'' bab punika pancèn makatên, amargi kula mirêng dumugi sapunika taksih wontên pakêmpalan wanita ingkang dèrèng dados warga P.P.I. sanadyan pakêmpalan-pakêmpalan wau ugi dhatêng ing konggrès, mugi-mugi katrangan punika sagêda nglantari kêmpalipun sadaya pakêmpalan wanita Indhonesiah ing salêbêting P.P.I. Punika sapisanipun. Kaping kalihipun, têmbung perikatan dening rêdhaksi Kajawèn, klintu dipun sêrat, perserikatan dados ingkang murugakên kalèntuning pênampi punika rêdhaksi Kajawèn, têmtunipun ingkang makatên wau inggih botên dipun sêngaja§ pancèn makatên. mila saking punika panyêrêging sadhèrèk Wara Ranumiyarja botên ngèngingi kita. Salajêngipun sadhèrèk Wara Ranumiyarja gêpok bab mandhating utusan dhatêng konggrès P.P.I., manawi saking pamanggih kita waton utusan wau dipun kuwaosi ing sadayanipun tumrap ingkang badhe dipun rêmbag ing konggrès (vrij mandaat) utusan wau anggadhahi wêwênang mutusi punapa-punapa tumrap pakêmpalanipun, waton sagêd nanggêl rêmbag. Utusan kita sadhèrèk Wara Sudarma Atmaja kala samantên ing P.P.I. ambêkta vrij mandaat mila sagêd mutusi dados warga P.P.I. sadèrèngipun sarêmbag kalihan pakêmpalanipun, amargi sumêrêp yèn makatên wau têmtu badhe dipun rujuki dening pakêmpalanipun, tur badhe sagêd andadosakên kamajênganing pakêmpalan wanita Indhonesiah ing saumumipun.§ rêmbag ing bab punika kados sampun cêkap kajugag samantên kemawon, awit saupami kalajêng-lajêngakên mindhak andadosakên kirang prayogi. Red.

Pangrèh Margining Kautamèn.

Jakêrta, kaping 10-5-'29. Wara Muswrajab.

--- 601 ---

Bab Têtanêman

Sêkar

Sadaya tiyang tamtu sampun gadhah pangintên bilih kapetang mèh sawarnining bôngsa, punika sami rêmên sarta migunakakên dhatêng sêkar utawi sêkar-sêkaran. Môngka yèn dipun manah sêkar punika rak botên wontên paedahipun punapa-punapa tumraping badan, têgêsipun botên manjing dados têtêdhan, nanging namung dumunung pasrèn utawi gêgandan, tumrap ingkang rêmên sangêt pancèn sagêd nuwuhakên raosing manah bingar, kabêkta saking wujudipun pancèn inggih ngrêsêpakên ing paningal, samantên wau manawi katata kanthi sae, punapadene pancèn aslinipun sêkar sae.

Sanajana mênggahing paedahipun sêkar wau botên sapintêna, ewadene mêksa katawis dados kabêtahaning ngakathah, punapadene katingal dados padagangan, tôndha yêktinipun makatên:

[Grafik]

Sêkar sruni.

Ing pundi-pundi pêkên agêng utawi alit, ing ngriku kenging katamtokakên mêsthi wontên tiyang sadeyan sêkar. Rèhning ingkang sade sarta ingkang numbasi namung tiyang Jawi, dados ingkang kadhasarakên ing ngriku inggih bôngsa sêkar ingkang dados kasênênganipun kemawon, kados ta: sêkar kênanga, mlathi, rêgulo, sundêl, sônggalangit, soka, tuwin sapanunggilanipun, limrahipun mawi ngangge rangkèn rajangan pandhan wangi, kawastanan sêkar campur-bawur, punapadene godhong dilêm, dene wontênipun ing padhasaran ngriku mawi ambên-ambênan, kangge momori sêkar supados gandanipun langkung eca, kados ta: lisah wangi, lisah cêm-cêman, dhèdhès, borèh, cêndhana wangi tuwin sanès-sanèsipun. Tumrap ing pêkên ingkang agêng tiyang sade sêkar botên ngêmungakan satunggal kalih, tarkadhang ngantos dasanan, ewasamantên angsal-angsalanipun inggih taksih urup, saya malih manawi nuju wulan siyam, wiwit ing malêm salikur ngantos dumugining bakda lêbaran, ing samargi-margi pating talècèk wontên tiyang sade sêkar, samantên ugi ingkang tumbas inggih mêksa sêsêluran, nanging ingkang majêng sêkar borèh prêlu kadamêl nyêkar ing pakuburan. Prakawis punika para maos kados ugi sampun sami uninga, pramila katitik saking kawontênan ingkang makatên wau, bab sêkar pancèn têtêp dados kabêtahan, ugi tumrap sadaya bôngsa. Nanging tumraping bôngsa Jawi adhakan namung tiyang èstri ingkang taksih migunakakên sêkar sabên dintên.

Nanging sarêng katitik saking wontênipun bôngsa Walandi, bokmanawi para maos sagêd anggalih piyambak, dene ingatasipun sêkar kemawon têka katawis dados padagangan ingkang agêng, kadospundi wontênipun Bloemenhandel ing kitha-kitha, ingatasipun pambudidaya sadean [sadea...]

--- 602 ---

[...n] sêkar kemawon ngantos sagêd angawontênakên punggawa kathah, wiwit saking tukang kêbon, juru sêrat, tukang nagihi, tukang ngarang andhapuk sêkar-sêkaran, (bukèt) tuwin sanès-sanèsipun, punapadene kiyat ngadêgakên toko kangge papan panyadean sêkar ingkang waragadipun botên sakêdhik.

[Grafik]

Sêkar tluki.

Mênggah kawontênan ingkang makatên punika yêktosipun botên angeramakên, awit inggih pancèn kêdah ngangge pawitan kathah, tur kêdah mangrêtos ingatasipun bab pangrimating sêkar warni-warni, ngantos sadhêngaha tiyang ingkang ningali dhêdhapukaning sêkar ingkang wêdalan ngriku kenging katamtokakên mêsthi sênêng, dhasar inggih nyata angrêsêpakên tumraping pandulu, wasana inggih sagêd manjing dados panariking kasarasaning batos utawi pamikir. Pramila tumraping bôngsa Walandi bab bukèt punika pancèn manjing dados kalangênan.

Bokmanawi para maos ugi sampun asring amriksani bôngsa Walandi utawi Tiyonghwa, punapadene para priyantun luhur, kadospundi manawi pinuju manggihakên pangantèn utawi kêpêjahan, gêgubahaning sêkar ingkang minôngka rêrênggan ing ngriku sakalangkung angedap-edapi. Manawi katimbang kalihan sêkar kalangênaning bôngsa Jawi kados ingkang kasêbut nginggil wau rak dede amput-amputipun.

Dene mênggah rêrêgènipun pancèn inggih botên sakêdhik, tarkadhang sawênèhing Walandi utawi sanèsipun wau, manawi nuju gadhah damêl mantu utawi ngrêrêngga layon, têlasing arta ingkang kangge tumbas sêkar kemawon botên kirang saking gangsal atusan rupiyah, bokmanawi sagêd ugi kapara langkung.

[Grafik]

Sêkar adhaliyah.

Rèhning samangke sampun têrang saha têtela manawi ing bab sêkar dados kabêtahaning ngakathah, punapadene yèn kaudi sagêd dados panggaotan ingkang agêng, punapa botên langkung prayogi saupami bôngsa Jawi tiru-tiru ngadani ambudidaya bab sêkar kados sacaraning Walandi ingkang sampun kantênan mêlok kathah asilipun makatên, nyumanggakakên.

Nirnasa.

--- 603 ---

Kawruh Sawatawis

Têmbung Balangan

Sanadyan para maos Kajawèn sampun kathah ingkang uninga dhatêng têgêsing têmbung Jawi: balangan, ananging sarèhning pangintên kula taksih kathah ugi ingkang dèrèng nate uninga utawi sarawungan dhatêng têgêsing têmbung balangan ingkang badhe kula cariyosakên ing ngandhap, amila supados sagêd radin kauningan para maos, kula têrangakên wijangipun kados ing ngandhap punika.

Têmbung balangan tumrap ing Surakarta sarta sakiwa têngênipun, sabên tiyang Jawi sampun lajêng mangrêtos têgês tuwin kajêngipun, atêgês: balanganipun pangantèn jalêr kalihan pangantèn èstri wêkdal dipun panggihakên, limrahipun mawi sarana balangan gantal, sagêd ugi ing sanès-sanès nagari inggih wontên ingkang ngangge tata ngadat makatên. Wontên malih têmbung: balangan ingkang sanès têgês, nanging jêjêring tanduk kêdah kaucapakên pisan sarêng-sarêng, kados ta: balangan sêrat, balangan liring, balangan ulat sapanunggilanipun.

Ananging ing nagari Sêmarang botên makatên, wontên satunggaling têmbung: balangan ingkang têgês lan wujudipun beda, sampun umum tumrap saindênging kitha Sêmarang, sagêd ugi bokmanawi dumugi sajawining kitha. Têmbung: balangan ing ngriku gadhah têgês: barangan, saking lingga barang, nanging barang ingkang sampun lungsuran, dene barang jan utawi barang enggal dèrèng kangge.

Dene ingkang karan balangan tumrap ing Sêmarang, punika tiyang sêsadean barang warni-warni ngalêmpak dados sapanggenan, manggèn ing pinggir margi agêng uruting pêkên agêng Johar. Barang-barang ingkang kadhasarakên ngriku, pirantos dandos-dandos, isèn-isèn griya, sandhang panganggèn, pêpasrèn, tuwin barang pirantos punapa kemawon wontên sami sapêpakipun, cêkakipun sampun botên badhe mangsulakên kabêtahanipun tiyang gêgriya, kêkesahan, plêsiran sapiturutipun, nanging ingkang kathah sampun barang lungsuran, inggih punika ingkang ing sanès nagari dipun namakakên: prombengan utawi klithikan. Sanadyan padhasaranipun wau botên manggèn ing lêbêt los, namung pating tarèmplèk lêlajuran, salong ngangge eyub-eyub sakacêpêngipun, ewadene kathahing barang ingkang kagêlar ngriku robah sarta ringkês, kasade kalihan rêgi mirah-mirahan, satunggal-satunggaling padhasaran, tapsiran kula pangaosipun botên kirang saking 500-1000 rupiyah. Bilih botên nuju jawah cacahing padhasaran kirang langkung wontên 80-100 panggenan. Ingkang sade bôngsa Jawi, Koja, Mêlayu, Bombay, Tyonghwa singkèk, Tyonghwa pranakan, tuwin sanès-sanèsipun. Bikakipun sampun ajêg sabên wanci jam 3- ½ 4 sontên, kukutipun wanci jam 8-9 dalu, têmawonipun tiyang dhatêng ningali utawi têtumbas mriku namung wanci jam 5-6.

--- 604 ---

Sampun umum lan sabên tiyang sampun mangrêtos kajêngipun, bilih panggenan ngriku nama: balangan. Upami: nonton balangan. Lagi plêsir mênyang balangan. Yèn tuku... kana sandhing balangan. Si Maryam aja koêjak nyang balangan manèh, pijêr anjaluk dolanan bae ngêntèk-êntèkake dhuwit. Wingi sore balangan mung krêmya-krêmya, rada mêndhung iki ayake.

Ingkang tumrap pamada, pangerang-erang, sêmbranan, lêlucon sapanunggilanipun, upami: o, wong kok ora nyêbut, sabên sore mung tansah dledar-dlèdèr adol bagus, mendah pite karo kaca mripate dudua: balangan, saiba. Olèhe Pak Singa tuku gramopun karo mantol dhèkwingi gênah kêtlorop, jare anggêntèni duwèke kancane, tibake jêbul balangan kabèh. Cangkirmu tutup kuwi aja kogawe nyuguh dhayoh manèh wis dadi balangan, ora pantês.

Mênggah wijinipun ing Sêmarang wontên têmbung: balangan, punika sakawitipun singkèk-singkèk taksih totok, panggêsanganipun sabên dintên sami angidêrakên barang-barang lungsuran utawi rosokan, dipun rêmbat dhatêng kampung, utawi margi-margi agêng, katawèkakên: balangan balangan. Awit limrahipun Tiyonghwa ingkang taksih totok, pakêcapanipun botên gadhah aksara: ra, punapadene sandhangan: layaran, sami santun pakêcapan: la sadaya. Upami: kampung Baron, dados kampung: Balong. Aryasaputran dipun kêcapakên: kalyasaputhalan. Mas Bèi dhoktêr, bahbeithon ngla, makatên sapanunggilanipun. Lami-lamining taun, sêsadean makatên wau mindhak agêng, tambah majêng-majêng, lajêng bikak dhasar kados kasêbut nginggil, sarta lajêng kathah tiyang sanès singkèk ingkang sami tumut ngêcapakên sêsadean, laminipun thukuling têmbung: balangan wau, kirang langkung sakêdhik sapriki sawêg kawandasanan taun. Balangan idêran sapunika inggih taksih wontên, nanging kantun satunggal kalih sarta botên mawi katawèkakên, makatên malih ingkang idêr wau bôngsa Tiyonghwa pranakan, dede singkèk.

Inggih jalaran katarik saking majêng-majêngipun tansaya tambah-tambah agêngipun sêsadean wau, ngantos bôngsa Jawi ing Sêmarang katut sami ngangge pakêcapanipun singkèk totok, barangan = balangan, dados kêlantur dumugi sapriki lêstantun ngangge têmbung balangan, ngantos kalepyan bilih punika têmbung sambutan pancèn prêlu namung kangge nirokakên pakêcapan ingkang botên tètèh. Makatên aturan mulabukanipun ing Sêmarang tuwuh têmbung: balangan ingkang gadhah têgês dede: balangan panggihing pangantèn.

Kawuningana.

K. 585.

Wontêning bôngsa Tiyonghwa botên sagêd mungêl: ra, lajêng malihakên pakêcapan, punika sampun limrah, makatên ugi bôngsa Jawi piyambak, jalaran saking botên sagêd ngêcapakên lêrêsing pakêcapan bôngsa ngamônca, lajêng ngawontênakên pakêcapan piyambak, ingkang ngantos nyêbal saking lugunipun, kados ta: Tuwan Tortoun Bruyns dados: thongthong brèng, Tuwan Englenbergcht van Bevervoorde dados: angèlbangêt bimakurda, lan malih tumrap bôngsa Walandi, mungêl, cèpèr (halte N.I.S.) kemawon tansah kêlinta-kêlintu, lêpatipun mungêl, cèppêr, inggih cèpêr. Mênggah sontan-santuning pakêcapan wau lajêng asring ngicalakên aslining têmbung, wusana dangu-dangu sok lajêng kalepyan, asli saking têmbung kadospundi. Red.

--- 605 ---

Bab Rajakaya

Menda Gèmbèl ingkang Andêmênakakên

Tumrap tiyang ingkang ahli utawi rêmên dhatêng ingh-ingahan, têmtu katarik ing manah manawi sumêrêp kewan ingkang wujudipun ngrêsêpakên. Dene kêtariking manah wau, wontên ingkang jalaran saking lêmaning badan, parigêling tandang, sawênèh saking saening pakulitan.

[Grafik]

Mênggahing bab wontêning kewan ingkang pinanggih kados makatên punika, botên sanès namung saking saening pangupakara tuwin kacêkaping têdha. Saening pangupakara sagêd mahanani kasarasaning kewan, awit pangupakara sae punika atêgês pamardi dhatêng kewan, murih tinêbihan ing godha rêncana, ingkang andadosakên jalaraning sêsakit, kados ta rêsiking panggenan, rêsiking badaning kewan tuwin sanès-sanèsipun. Dene kêcêkaping têdha, punika sagêd mahanani saening badan, sagêd nênarik dhatêng sêngsêmipun ingkang ningali. Mila ing bab tataning ngingah sato kewan punika ugi tansah dados panggalihaning nagari, murih tansah mindhak-mindhak sae, awit punika ugi nama satunggaling kamajêngan.

--- 606 ---

Waosan Lare

Sadulur Tunggal Suson

XI. Palih diutus kangjêng pramèswari mênyang Kapatihan

[Dhandhanggula]

Wis dilalah watêke wong kuwi / yèn sing têtêp sasat ora ana / sing mêsthi molah-malihe / uwong kapengin cukup / wise cukup anjaluk sugih / upama wis katêkan / ya isih anjaluk / sugih dhewe ing sajagad / katêkana yake iya isih ngudi / golèk sing ora lumrah //

kaya ta sing kocap ing saiki / nagara ing Tanjung Gunung bakal / ora karuwan dadine / barêng wis tanpa ratu / sing kuwaos paramèswari / diêmbani nayaka / wolu pisan kumpul / mula adêge santosa / nganti bisa ngêndhihake kyai patih / kaya wong pènsiunan //

nanging nyata paribasan muni / rasa lêgining wong ngêmut gula / banjur lali adhakane / kaya nayaka wolu / ing dhisike padha ngêmbani / kasampiran pangwasa / panjênêngan ratu / ananging barêng rumasa / kuwasane luwih gedhe luwih aji / tuwuh sêdyane ala //

kabèh padha anduwèni ati / rêrêbutan duwea pangwasa / sakônca sing gêdhe dhewe / lan manèh sukur-sukur / yèn kalakon bisaa dadi / ratu ing kono uga / kang mangkono mau / pakolèhe saya cêtha / êmung dadi bubrahing tatanan bêcik / sing uwis golong padha //

banjur pêcah dadi pating cruwil / tumindaking gawe ya-dinaya / padha golèk bêcik dhewe / lêlakon ngono mau / adoh bangêt kêtêmu bêcik / kocapa dhèk samana / Palih eling mak nyut / mênyang ing gustine lawas / saupama isih anaa saiki / priksa owahing jaman //

karo manèh jênêng kosok bali / ing dhèk biyèn Palih disawiyah / wis ora ana ajine / saiki wiwit thukul / kêcakêt lan jêng pramèswari / kala-kala ngandikan / ing bab prêlu-prêlu / ananging gawene apa / ingatase Palih kuwi mung wong siji / tur ora duwe kônca //

dhèk samana kangjêng pramèswari / panggalihe wiwit saya krasa / anggêgalih kana-kene / Palih ngandikan mlêbu / ing lakune bangêt diwadi / sawise kauningan / nuli ngadhêp lungguh / andhingkluk mèpèt ing lêmah / ing sêmune rêna kangjêng pramèswari / nuli alon angandika //Lebih satu suku kata: nuli alon ngandika.

mula Palih kowe tak timbali / saka bangêt anggonku karasa / eling nyang gustimu biyèn / ananging aku sukur / dene kowe bali angabdi / iku sèwu nugraha / tumraping awakmu / sasate olèh wêwênang / angèlingi nyang nagara wutah gêtih / iku tindak utama //

sanalika rada kagèt Palih / dene beda anggone ngandika / ora kaya ing sabêne / lan manèh athik emut / mênyang putra sing mêlasasih / Palih nuli anggagas / karo arêp matur / nanging isih têngah-têngah / awit isih rada anduwèni watir / yèn dadi [da...]

--- 607 ---

[...di] kaluputan //

angandika manèh pramèswari / ingatase kowe isih bocah / rada mangrêtèn sajake / eman dene awakmu / jênêng isih apangkat cilik / upama wis gêdhea / rak kêna dijunjung / didadèkake nayaka / wênang milu ngrêmbug prakara sing sungil / lan prakara nagara //

Palih banjur angguyu nyêkikik / karo matur arasa kêduga / lah gusti punapa sae / misudha tiyang suwung / ingkang botên gadhah pangrêti / tiwas dados gujêngan / o bok inggih sampun / sanadyan namung ngandika / yèn ngantosa tiyang sanès mirèng mêsthi / anggujêng kabatosan //

sanalika Palih duwe osik / ing rêmbuge wiwit olèh dalan / arêp ngosikke gustine / tumuli alon matur / nanging mênggah kawula gusti / raos-raosing manah / inggih tansah ajur / yèn èngêt kangjêng pangeran / kados-kados rumaos botên kuwawi / lêga kawula bela //

sanadyan ta sagêd manggih mukti / nanging gusti kadamêl punapa / jêng pangeran mêsakake / kawula namanipun / tiyang botên mawi ngèngêti / trêsnanipun bandara / kêmpal wiwit timur / mila sampun angandika / ngêbang-êbang ing kawula: tiyang alit / mindhak bingung ing manah //

angandika kangjêng pramèswari / o o Palih aku ora ngira / yèn ta mangkene dadine / barêng aku wis wêruh / sêsulaking nagara iki / ketok ora prayoga / atiku kêduwung / sasat aku mêmungsuhan / kana-kene mung gawe susahing ati / sing aku ora ngira //

satamating pangandika nuli / ing tingale ketok kaca-kaca / kaya bangêt ing kraose / Palih êmung andhingkluk / iya milu abela tangis / malah wuwuh anggagas / eling mênyang biyung / dene ta kêdawa-dawa / bêbasane lêlakone morak-marik / ora karu-karuwan //

wise lilih nuli matur lirih / lajêng kadospundi kang sakeca / murih têntrêmipun mangke / nama sampun kêbacut / nyambêt barang pating saluwir / pramèswari ngandika / saka panêmuku / jênênge kêbacut bubrah / ya kajaba mulihke saka sathithik / muga kasêmbadana //

ing bêcike kowe ing saiki / lumakua mênyang Kapatihan / bab iki tak pasrahake / aku rumasa luput / gêdhe bangêt lan paman patih / cêkake mung matura / supayane tulus / nagara kene balia / ayêm têntrêm kayaa sing uwis-uwis / wis ta môngsa bodhoa //

Palih alon nyêmbah mundur nuli / laku dhodhok ketok larap-larap / sapolahe nêngsêmake / kaya priyayi luhur / polatane ladak mêdèni / mripatane macithat / sajak sarwa saguh / wise têkan dhak-undhakan / mêdhun nolèh lan ngêtrapke sêmbah lirih / banjur laku lon-lonan //

mlaku tangan mringkus dadi siji / nèng ngarêpan aketok prasaja / nanging ya ketok glèlènge / tabête cêdhak ratu / dhasar uwis wiwit dhèk cilik / tur ya rada alêman / karo kaduk mrusul / ing lakune dhèk samana / turut dalan akèh uwong sing ngrasani / baguse rêruncungan //

--- 608 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Darmawisatanipun Petruk dhatêng Tanah Jawi Têngah

XIX.

Petruk : Ambanjurake rêmbuge lagi anu kae, ing bab kahanane wong wadon sing bodho. Kowe rak iya ngakoni, ta, yèn wong bodho kuwi, rêrêmbugane iya sok ngayawara, ora-orane iya ngrasani tôngga têparo, malah nèk ora kêbênêran, sok gêlêm ngrasani alaning sing lanang. Seje karo wong wadon sing pintêr, rêmbugane iya kêna dirasakake, nèk ana nganggure, ora kok banjur saba tôngga golèk mungsuh, nanging malah banjur digawe thak-thik, anjithêti barang-barang sing suwèk, nèk duwe anak, iya gawe-gawe popok, oto, lan sapiturute. Dadi ora ana wancine nganggur, sing banjur digawe anggagas warna-warna, kaya ta: nèk bapakne thole mênang lotre, aku arêp tuku suwêng barliyan panunggul siji, tuku gêlang êmas dironyok intên, lan isih rupa-rupa manèh sing digagas.

[Grafik]

Garèng : Lha, kuwi, nèk pikirane wong jaman saiki kiyi, kabèh-kabèh mung arêp dipukul rata bae, rumasane, nèk wong wadon bodho, dadi karêpe nèk wong wadon kuwi kurang pangajaran, kuwi mêsthi dhêmên nôngga, dhêmên ngêdu kucing, nèk rêmbugan ngayawara, kêsèd lan sapiturute. Nanging nèk wong wadon pangajaran, mêsthi srêgêp ing gawe, rêrêmbugane iya kapenak, lan sapiturute, lho, kuwi durung kinar, sèh, awit nèk rumasaku, wong wadon dhêmên gawe, wong wadon ora dhêmên nôngga, wong wadon ora dhêmên ngêngrasani tôngga-tanggane, lan liya-liyane, kuwi ora gumantung saka kapintêrane sêkolahan, nanging gumantung saka bêbudène, anggonku bisa kôndha mêngkono mau, awit aku kêrêp mênangi wong wadon sing ora olèh pangajaran babar pisan, ewadene omahe katon rêsik grêmining, jalarane iya saka pêthêling gawe sing wadon mau, sing lanang ana ing ngomah katon sênêng, sabab saka panjagane sing wadon. Tôngga têparone katon padha dhêmên, jalaran saka grapyake, saka anggone andêmênakake wong wadon sing dianggêp bodho mau. Kosok-baline, aku kêrêp bangêt wêruh wong omah-omah [omah-...]

--- 609 ---

[...omah] katon ora nyênêngake bangêt, ing môngka sing wadon jarene wêton Mulo, kaya ta: ing sajroning omah katon lêthêk, awit sing wadon ora kulina rêrêsik omah, kulinane mung maca buku roman bae, sing lanang kêrêp jajan nyang rèsturan, awit sing wadon ora bisa olah-olah babar pisan, kabèh-kabèh mung diprasahakedipasrahake. kokine bae, sabên dina iya maca koran, nanging sing diwaca ora kok apa-apa sing maedahi tumrap awake, nanging nèk-nèke ana toko sing adol barang-barang modhèl anyar, utawa macani programa-programa gambar idhup, nèk-nèke ana sing arêp mitongtonake gambar sing apik. Lha, kuwi nèk ana, banjur bae budi karo sing lanang, supaya ditukokake barang modhèl anyar mau, utawa mêksa-mêksa ngajak sing lanang nonton gambar idhup.

Petruk : Mungguh omongmu kuwi pancèn iya ana bênêre, mung bae anggonmu gawe pêpandhingan kuwi rak pincang, sing siji bodho, nanging ngrêti mênyang kuwajibane, liyane pintêr, nanging ora wêruh marang kuwajibane, pêpandhingan kang mêngkono kuwi, rak ora beda karo nèk sawênèhing Walônda gawe pêpandhingan, jarene: uripe bôngsa Walônda kuwi rak beda banget karo wong Jawa, nèk tumrape Walônda kabèh sarwa larang, mangana bae iya sing larang-larang, kaya ta: kênthang bêstik, sladhah, krokèt, lan sapiturute, balik wong Jawa, mangan sêga karo kluban utawa pêcêl bae wis krasa nikmat bangêt. Lho, iya mêsthi gêdhe bangêt bedane, nèk sing digawe tuladan kuwi Lônda sing pangkat up komis upamane, nanging nèk uwong Jawa apangkat: kuli sêpur, iya mêsthi ora timbang, murih timbange, nèk anjupuk tuladan Walônda kang apangkat up komis, Jawane iya kudu apês-apêse pangkat wadana, lha, dadi mathuk. Upamane saiki, omongmu mungguhing wong wadon sing bodho, nanging pêng-pêngan mau, olèh pangajaran kang cukup, wah, iya wis mêsthi dadi wong wadon pilihan, wong wadon kang sampurna têmênan, ya kuwi kang kêna diarani widadari angejawantah. Kosok-baline wong wadon sing olèh pangajaran, nanging ora ngrêti mênyang kuwajibane, lha, kuwi upama ora olèha pangajaran babar pisan, we, iya sida ora karuwan têmênan.

Garèng : Lho, saya judhêg pikiranaku saiki, aku iya ora maido, yèn dalane murih para wanita maju kuwi, ora liya iya kudu disêkolahake, nanging barêng aku sok mênangi para wanita sing pangajarane cukup, anggone omah-omah rada kocar-kacir, kok dadi rada gêla aku, dhing.

Petruk : Bokmanawa bae, wong tuwane kurang anggone anggatèkake, dadi kaya kandhamu lagi anu kae, yaiku: wong tuwane mung migatèkake kahanane rêpot sêkolahan, anggêre bijine wis jamprak-jamprak, ora ana kursine, iya wis marêm bangêt, lan banjure iya wis ora dipikir manèh.

Garèng : Lho, wong tuwa sabên sasi rak wis kelangan [ke...]

--- 610 ---

[...langan] dhuwit kanggo bayar sêkolahe anake, têmtune wong tuwa iya banjur ora mèlu apa-apa manèh, kabèh-kabèh wis dadi tanggungane guru sing mulang anake mau.

Petruk : We, lha cilaka sing dadi guru, kok banjur dipadhakake kayadene babuning anake bae. Ngrêtia, Rèng, kuwajibaning guru kuwi mung mulangake kapintêran kang wus ditêmtokake ing sêkolahan, dadi ora diwajibake mulang bab bêciking wêwatêkan lan kuwajibaning wong omah-omah, karo manèh bab anggone guru mulang lan mêruhi kahanane muride kuwi, rak mung antarane jam 7 tumêkane jam 1, dadi pancène wanci salêbare sêkolahan mau, sing diwajibake mulang lan ngawat-awati, iya kudu wong tuwane dhewe. Ing sarèhning bapa kudu nyambut gawe, tamtune iya ora duwe wanci kanggo mulang anake mau, mulane sing kêjibah mulang lan ngawat-awati murih ing têmbe anake bisa dadi wanita kang sêjati, ora liya iya kudu biyunge. Jalaran kang mangkono mau, saiki aku duwe panêmu, supaya praja lan kawulane bisa maju miturut ombaking jaman, kang diprêdi luwih dhisik iya iku para wanita, murih sabanjure bisaa anuntuni lan dadia lanjaraning para anak-anake anggoning padha anggayuh marang lakuning kamajuan lan kautaman. Wis samene bae dhisik.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Juru ngrimat sêrat nagari nalika mariksa sêrat-sêrat, amanggih sêrat ingkang nêrangakên bilih kitha Meester Cornelis punika rumiyin nama Nieuwendam, kasêbut wontên ing sêrat katitimangsan kaping 15 Januari 1711 nalika jaman Kumpêni.

Tumrap kantor pos pitulungan ing Batawi tuwin Bandhung ingkang maligi kangge salaminipun wontên Pacific Congres, dipun yasakakên cap piyambak, kawujud bundêr lonjong mawi gambar pulo Jawi, ing ngandhap mawi sêratan Vierde Pacific Congres tuwin tanggal.

Sampun sawatawis dintên, lèpèn Bêkasi bêna, indhaking toya ngantos 6-7 mètêr. Griya-griya ing Têluk Pucung sami kêbênan, wontên ugi ingkang kèli. Ing Bêkasi wetan wontên sabin sawatawis mau ingkang pantunipun dèrèng kapêthik, ugi kêbênan.

Ing bab tiyang tahanan ingkang ngakên nama Heru Cakra, sapriki tiyang dèrèng sagêd nêtêpakên tiyang wau bôngsa punapa. Sampun nate tiyang wau ngakên têdhakipun nata Jawi ing Surakarta tuwin Ngayogya nanging lajêng ngakên anakipun angkat tiyang militèr.

Wontên pawartos, Tuwan A.J.L. Couveur Gupêrnur Sèlèbês, badhe dipun wisudha jumênêng warga rad Indhia.

Wontên tiyang sakawan ing Selamanjah, Priyangan, sami sakit wêtêng mumêt tuwin mutah-mutah, jalaran mêstas sami nêdha pindhang ulam êmas. Sarêng ulam pindhang wau kapriksa ing dhoktêr ulam wau ngêmu racun. Pulisi lajêng madosi tiyang ingkang sade ulam.

Ing Cimahi wontên tiyang nyêpêng kêthèk pêthak mêmplak, kêgolong lôngka, lajêng dhawah ing bôngsa Tiyonghwa ing Tawawi. Kêthèk wau kathah ingkang nêmbung badhe numbas, malah kêkonkêbon. binatang ing Surabaya ugi tumut badhe numbas, nanging ingkang gadhah botên angsal.

Tumrap ing paresidhenan Malang, prasasat sabên kitha dhistrik sami angawontênakên karamean ringgit tiyang ingkang kapupu bayaran, ingkang angsal-angsalanipun badhe kadarmakakên dhatêng kasusahan banjir ing Pasuruan. Kados ta ing dhistrik Pujon, Kêpanjèn Malang, Tumpang, Singasari, tuwin sanès-sanèsipun (N.).

Pèl pulisi ing Klathèn nindakakên padamêlan nyanjatani sagawon-sagawon ingkang saba ing margi-margi, sawênèhing dintên nalika nyanjata sagawon, mimisipun ngèngingi sagawonipun, nanging lajêng têmbus malêbêt ing griyaning tiyang siti lan ngèngingi tiyang ing dhadha têmbus ing bokong, andadosakên sakit rêkaos.

--- 611 ---

Kursus têmbang ing Jayadipuran, Ngayogya, katingal majêng, murid-muridipun rumaos sami marêm. Gurunipun kêtingal ngajêngakên dhatêng sêkar agêng.

Wontên pawartos, awit saking sêrat paturanipun Tuwan Ir. Baars, ingkang sapunika manggèn ing nagari Walandi, parentah amarêngakên tuwan wau manggèn ing Indhia malih, suwaking awisan tumapak wiwit tanggal 8 wulan punika.

Lulus kandhidhat iksamên bagiyan kapisan, ing pamulangan luhur dhoktêr, tuwan Ik Soei Go (Sêmarang), C. W. Lumkeman (Prabalingga) tuwin Radèn Mas Julham (Kuthaarja).

Bôngsa Tiyonghwa nama Liem A Tjeng ing Cirarap, Tanggêrang, sakulawarganipun cacah tiyang nêm, sadaya sami nuntak-nuntak, jalaran mêntas nêdha ulam têri tuwin cucut. Tiyang ingkang sakawan lajêng sagêd katulungan, dene ingkang kalih taksih sakit sangêt.

Wiwit tanggal 1 wulan punika prabeya numpak sêpur S.S. ing margi Wèltêprèdhên - Bandhung mêdal Purwakarta tuwin Krawang dipun andhapakên, klas 1 rumiyin f 9.60 kantun f 7.70. Klas 2 rumiyin f 6.40 kantun f 5.10. Klas 3 rumiyin f 3.20 kantun f 2.56. Klas 3 mirah rumiyin f 2.12 kantun f 1.70.

Ing dhusun Trênggiling bawah Purbalingga, wontên tiyang ingkang ngakên titisanipun Radèn Subali, sakawit wontên ingkang anggêga, sarta tiyang wau sampun sawatawis dintên mondhok wontên bango pawedangan. Satunggiling dintên, pinuju wontên tiyang tumbas wedang, tiyang ingkang tumbas wau lajêng kabacok arit ngantos ambal ping kalih tatu sirah kalihan pundhakipun, tatunipun ragi ngrêkaos, lajêng têrus kabêkta dhatêng griya sakit, kaupakara wontên ngriku. Wusana katitipriksa, ingkang ngakên titisanipun Radèn Subali wau jêbul tiyang ewah pikiranipun. (panjurung).

Ing dhusun Babatan, Ciborum, Bandhung, wontên sopir tiyang siti nglampahakên oto rikat sangêt numbuk lare, nandhang tatu ing badan utawi sirahipun. Sarêng tiyang sêpuhing lare sumêrêp sêpsu sangêt, lajêng ambujêng sopir kanthi ambêkta bêndho dipun grubyug ing tiyang kintên-kintên 100. Sopir lajêng nglampahakên otonipun lapur dhatêng ingkang wajib. Pulisi lajêng mênggak tiyang ingkang badhe soroh amuk wau, sagêd lilih. Têtiyang wau lajêng sami ngêndhêg sopir sanès-sanèsipun ingkang langkung ing ngriku, manawi wontên ing ngriku anggènipun anglampahakên kêrikatên, badhe dipun ajar.

Wadana ing Cilêdhug nyêpêng tiyang ing dhusun Jatisèlèng, kadakwa damêl arta talèn palsu, kêcêpêng dalah cithakan, pirantos anglêbur, têmbagi satumpuk tuwin arta palsu 120. Ing wêwêngkon dhistrik ngriku sampun wontên arta palsu cacah 40 kêcêpêng, ingkang sampun dipun lampahakên dening tiyang kancanipun tiyang ingkang damêl, saha tiyangipun sampun kacêpêng.

Ing Magêlang mêntas wontên sêsorah ing bab èrêpah, ingkang mêdhar sabda Radèn Muntoha, lan Mètêr Kadhastêr. Ingkang ngrawuhi kirang langkung wontên priyantun 50. Sêsorah wau tumindak sabên ing dintên Jumuwah sontên, dene ingkang badhe sêsorah, priyantun ingkang kasêbut ing nginggil, Radèn Mas Isa, lan bao konsulèn, Radèn Mas Suprapta, Piskal Gripir tuwin Mistêr Suwarsa, amtênar landrad.

[Grafik]

Kados ingkang sampun kawartosakên, Paduka Tuwan A. Muhlenfeld jumênêng dhirèktur pangrèh praja, gambaripun kados ing nginggil.

Wangsulan saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 3536 ing Sêcang. Bab kidungan ingkang panjênêngan dangokakên punika Bale Pustaka botên sade.

Tuwan Iing Cyang ing Blitar. Usul panjênêngan punika prayogi sangêt, nanging bab wau Bale Pustaka sampun badhe ngêdalakên piyambak awarni buku jangkêp salampahan, kasarantosna rumiyin.

Tuwan Tulun ing Purwakêrta. Karangan kados panjurung panjênêngan punika sampun kêrêp dipun êwrat ing Kajawèn, mila botên kapacak.

Sigarèt wêdalan, Menz's ing Têmanggung.

Redaksi Kajawèn mêntas nampèni sigarèt wêdalan pabrik kasêbut ing nginggil, warni tiga: ampêg, sêdhêng tuwin ampang, saha sampun nyobi raosipun. Raos warni tiga wau sampun anyêkapi tumrap kabêtahaning tiyang sês.

--- 612 ---

Wêwaosan

Pêpisahan 27 Taun

Karanganipun Mw. Asmawinangun ing Jatilawang, Purwakêrta.

29.

Wiwit ing taun samantên luguning basa ingkang masthi kangge: basa Walandi, murid sagêd ngantos 100, sarta kala taun 1880 wiwit wontên tamatan ingkang pêng-pêngan, ingkang kaparingan wêwênang mriksa lan anjampèni sadaya sêsakit, inggih sêsakit ing jawi, inggih sêsakit ing nglêbêt, kaot botên kawênangkakên tulung bayi lair.

Kala taun 1881 wontên ewah-ewahan malih, Voorbereidende afdeeling kadamêl 3 taun (3 klas), nanging kala taun 1890 kaewahan dados 2 taun (2 klas) malih.

Ing taun 1900-1902, saking panyuwunipun Paduka Tuwan Dr. Roll ingkang katindakakên kala taun 1898, pamulangan ingkang wiwit kabikak mila namung tansah nunut kemawon dhatêng griya sakit militèr dipun agêngakên, murid ingkang kala taun 1899 namung wontên 84 dipun wêwahi ngantos dados 150, tur botên antawis dangu malih ayasa gêdhong pamulangan piyambak ing Hospitaal weg (Gang Ketapang) sarta ayasa pamondhokan murid cêkap kangge lare 200. Wiwit ing wêkdal samantên piwulang tumrap têtulung tiyang gadhah anak botên namung lesan kemawon, nanging mawi kaêcakakên, murid ingkang tamat ugi lajêng kaparingan wêwênang nindakakên. Voorbereidende afdeeling kadamêl 3 klas malih, sarta Geneeskundige afdeeling kaewahan dados 6 klas, namanipun pamulangan katêtêpakên Stovia (School tot opleiding van Inlandsche Artsen).

Wontên Walandi têtiga, ingkang prêlu sangêt dipun èngêti lan prêlu sangêt dipun alêmbana amargi saking luhuring panggalihipun, dene sami kasdu ambiyantu adêgipun Stovia wau sarana ngaturakên dêrma ingkang botên sakêdhik, inggih punika: 1. Tuwan P. W. Jasen, 2. Tuwan J. Nienshuys lan 3. Tuwan H. C. van der Honert.

Kala taun 1913 saking panyuwunanipun Paduka Tuwan Dr. J. Noordhoek Hegt ingkang dados dhirèktur salêbêtipun taun 1908-1914 bageyan, Geneeskundige afdeeling kaewahan malih, kadamêl 7 taun.

Kala taun 1915 kabangun malih gêdhong Stovia ing Salembah sela ingkang wiwit dipun pasang dening Paduka Nyonyah Graaf van Limburg Stirum, inggih punika kala tanggal 26 Agustus. Rampunging panggarapipun kala tanggal 5 wulan Juli 1920, têrus kaênggenan, gêdhong ingkang lami namung kangge pamondhokan murid kemawon.

Wasana ing taun 1927 Stovia wau kadadosakên pamulangan luhur, botên nama Stovia malih, lajêng nama Geneeskundige Hoogeschool, kabikak dening Paduka Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jêndral kala 16 Agustus, mawi pêpèngêt sêratan ingkang ingukir, ungêlipun: Ter herinnering aan de opening van de Geneeskundige Hoogeschool door Z.E. de Gouveneur Generaal Jhr. Mr. Andries Cornelis Dirk de Graeff op 16 Augustus 1927.

Atmadi mlêbêt dhatêng pamulangan dhoktêr kala taun 1874, dados jaman têngahan tumrap pamulangan wau, ing têngahanipun taun 1881 tamat, pikantuk sêsêbutan dhoktêr Jawi, sarta sêsampunipun nindakakên padamêlan sataun, dhaup kalihan Radèn Rara Sriningsih, putranipun ingkang wadana kitha Kudus. Tamtu kemawon wiwit ing wêkdal samantên, Atmadi madêg piyambak, uwal saking pamêngkunipun Tuwan Hèldhêring, ewasamantên tumraping panganggêp dèrèng ewah, taksih ajêg kados ing wau-waunipun. Tumrap sêsrawungan inggih taksih lastantun ngèmpêri kadosdene sêsrawunganipun anak kalihan tiyang sêpuh piyambak.

Wiwit sakolah mila Atmadi katitik satunggalipun lare ingkang majêng lan tumêmên, botên beda sêsampunipun nyambut damêl, kamajêngan lan katêmênanipun wau botên ewah, mila dados pangalêmanipun para pangagêng tuwin para têtiyang kathah. Kala taun 1884 Atmadi kadhawuhan dening nagari nglajêngakên pasinaon dhatêng pamulangan luhur ing nagari Walandi, tamtu kemawon prakawis punika damêl bingahing manahipun, dhasar wiwit rumiyin mila kapengin sangêt sumêrêp jagad kilenan. Bidhalipun mampir Banyumas, prêlu anjujugakên Bok Sura dhatêng griyaning anakipun (Sura), supados mondhok ing ngriku sadangunipun katilar sinau. Bok Sura niyatipun badhe dipun jak, nanging botên purun, pilaur kantun atêngga wontên tanah Jawi kemawon. Lêt wolung wulan saking dhaupipun Atmadi tuwan tuwin Nyonyah Hèldhêring sami wangsul dhatêng nagari Walandi, botên jalaran saking prêlop, nanging saking pènsiun, dados wangsulipun wau botên namung sawatawis môngsa, nanging salami-laminipun. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 41, 12 Bêsar Taun Alip 1859, 22 Mèi 1929, Taun IV

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [629] ---

Ôngka 41, 12 Bêsar Taun Alip 1859, 22 Mèi 1929, Taun IV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Kawah Sibanthèng

[Grafik]

Ing rêdi Dièng wontên kawah ingkang nama Sibanthèng, kawah wau kêgolong agêng piyambak, swaranipun tansah gumrêngsêng, kathah walirangipun. Ing ngriku kêrêp dipun dhatêngi tiyang kathah.

--- 630 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja, Ind. Arts. ing Kudus

Sambêtipun Kajawèn nomêr 40.

Kintên-kintên kaping 8 a 10 sliringan lajêng dipun lêbêtakên ing toya angêt, awit bayi dèrèng kulina asrêp. Manawi sampun ambêgan kêmpin-kêmpiskêmpis-kêmpis. nanging dèrèng nyêkapi, lajêng ilatipun bayi dipun cêpêng pucukipun mawi kain gas utawi kacu ingkang rêsik, dipun tarik ngantos mêdal saking cangkêm, dipun wangsulakên malih, dipun tarik malih rambah-rambah (methode Laborde).

Manawi sênthong (kamar) kirang jêmbar, miturut methode Schultze bayi kenging dipun sèlèhakên ing meja mawi kasuran. Ingkang badhe nulungi ngadêg cêlak sirahipun bayi, lêngênipun bayi kalih-kalihipun dipun tarik manginggil tumèmpèl kuping bayi (nyêrot hawa malêbêt) lajêng lêngên wau dipun pangandhapakên tumèmpèl dhadha lan sisih dhadha dipun nêtakên (ngêdalakên hawa), miturut metodhe Sijlvester manawi bayi botên gadhah lêngên cêkap dipun glundhang-glundhungakên, hawa sagêd malêbêt mêdal.

Jabang bayi ingkang lair wontên ing sêlaning pupunipun biyung enggal kalumahakên, kaangkaha tangsul usus ingkang anggandhèng pusêr lan ari-ari supados kêndho, lajêng usus pusêr watawis ± 5 cm lêtipun saking pusêr dipun tangsuli pati pita pêthak ingkang alit (ciyut) rambah kaping kalih, watawis ± 4 cm lêtipun saking tangsulan wau inggih kêdah dipun tangsuli malih kados ing ngajêng. Sasampunipun makatên usus pusêr ing antawisipun tangsul kalih wau lajêng kakêthok mawi gunting ingkang landhêp sarta rêsik, prayoginipun gunting lan pita wau kêdah kagodhog sadèrèngipun kaangge.

[Grafik]

Patrapipun angguyang lare alit.

Paedahipun tangsul ingkang kapisan, anulak wêdaling êrah saking pusêr (bayi) dene ingkang tangsul kaping kalih, anulak wêdaling êrah saking ari-ari.

Sasampunipun usus pusêr kakêthok lajêng mêndhêt pêrban gas (sampun cumawis) 10 a 12 cm pasagi mawi dipun bolongi têngahipun, usus pusêr wau kalêbêtakên bolongan gas, dipun wur-wuri dhèrmatol, pusêr kalihan bungkusipun gas karêbahakên [karêbahakê...]

--- 631 ---

[...n] ngiwa lajêng katutupana kapas, lan sinjang salajêngipun kabêbêt ing oto utawi gurita alit. Enjing sontên dipun santuni bungkus ingkang enggal ngantos puput.

Cara dhukun, pangêthokipun usus pusêr punika ngêntosi manawi ari-ari sampun mêdal, saking pamanggihipun nguwatosi. Tumrap ingkang gadhah anak (biyung) punika sampun botên dados punapa, amargi bayi lair sampun ambêgan, botên prêlu tampi têtêdhan malih saking ari-ari.

Limrahipun dhukun punika ngêthokipun usus pusêr ngangge wêlat, punika sagêd ambêbayani, awit wêlat punika pikantukipun saking panggenan ingkang botên têmtu rêsikipun, lajêng sagêd anuwuhakên sêsakit ing pusêr.

Manawi manut pikajêngipun dhukun utawi tiyang Jawi ingkang dèrèng mangrêtos, usus pusêr kakêthok sadèrèngipun ari-ari mêdal punika sagêd ambêbayani, awikawit. kakintên êrah pêthak lajêng minggah ing wêtêng utawi ing sirah ingkang andadosakên pêjahing biyung. Pikajêngan ingkang botên lêrês makatên punika sêmunipun sampun manjing ing balung sungsumipun tiyang Jawi, ngantos dumugi ing jaman sapunika. Saking sangêting ajrih, sadèrèngipun ari-ari mêdal, ing môngka usus pusêr sampun pêdhot piyambak, pucukipun pusêr lajêng katangsulan kaangsalakên samukawis ingkang awrat kados ta: sela, tugêlan tosan utawi sanès-sanèsipun.

Manawi pamanggih makatên wau pancèn sampun lêrês, punapaa têtiyang Eropah ingkang usus pusêripun jabang bayi dipun kêthok rumiyin sadèrèngipun ari-ari mêdal têka botên wontên ingkang pêjah.

Wontênipun biyung pêjah sasampunipun anglairakên jabang bayi, punika sababipun botên saking makatên, lan malih sanajan jabang bayi sawêg lair, usus pusêr ingkang sumambung ing ari-ari ingkang dèrèng mêdal wau lajêng dipun kêthok, punika babar pisan botên ambêbayani.

Dhukun bayi utawi tiyang sanèsipun langkung prêlu nyumêrêpana tôndha ingkang dados jalaraning bêbaya, lan pados sarana ingkang kangge nulak bêbaya wau.

Tôndha-tôndha ingkang makatên punika sarta patrap-patrap anggènipun nulungi kados ingkang badhe kula aturakên ing ngandhap punika.

Sasampunipun rampung anggènipun rêrêsik, utawi manganggèni bayi, lajêng biyungipun dipun priksa punapa ari-ari sampun mêdal, adat salêbêtipun 10 mênit utawi 1/4 jam sampun mêdal piyambak, manawi dèrèng, wadhah bayi ing prênahipun cakêt pusêr kêdah dipun uyêg kalihan èpèk-èpèk sawatawis dangu, adat ingkang limrah lajêng ari-ari mêdal, wadhah bayi dipun grayang katawis mrongkol atos.

DaneDene. yèn ari-ari salêbêtipun 1 a 2 jam botên sagêd mêdal prêlu nyuwun pitulungan dhoktêr utawi vroedvrouw. (Badhe kasambêtan)

--- 632 ---

Kawruh Sawatawis

Pasanggrahan

Tumrap pasisiran Jawi wetan kathah tiyang ingkang dèrèng mangrêtos punapa têgêsipun têmbung pasanggrahan, lan punapa gunanipun. Mila kados botên wontên awonipun saupami katêrangakên ing ngriki sawatawis.

[Grafik]

Pasanggrahan ing Cirêbon

Têmbung pasanggrahan, lingganipun saking: sanggra,§ Lêrêsipun saking lingga sanggraha. Red. têgêsipun: pondhok, dados: pasanggrahan = pondhokan (pamondhokan). Ing Sêrat Kawi-Javaansch-Woordenboek ing têmbung: sumanggraha = manggèn, sanggrah atêgês: susuh, pikat, sanggraha = mêngku, pasanggrahan, somah, paring, angge, ênggèn, pasanggraha = pêparing.

Dados yèn makatên sampun cêtha têmbung: griya pasanggrahan = griya pêparingan, pramila têmbung pasanggrahan punika dados namanipun satunggiling papan pamondhokan utawi pakèndêlan tumrap ing sawatawis môngsa. Saha sampun kêlimrah wontênipun ing nagari pundi-pundi. Dene ingkang kathah mawi dipun dèkèki griya dalah pirantos sapêpakipun.

Manawi mirid saking cacriyosan kina, minggahipun dumugi ing jamaning purwa pisan, pasanggrahan punika ugi sampun wontên, nanging ingkang angwontênakên wau namung bôngsa luhur, kados ta: ratu, saha malih ingkang sok masanggrahan mriku kajawi namung bangsaning luhur, inggih sintêna kemawon ingkang pantês, utawi ingkang dados utusaning narendra. Dados cêtha bilih pasanggrahan punika wontênipun atas saking karsaning nata, utawi tiyang ingkang panguwaosipun prasasat ratu, kados ta: tiyang sugih tuwin sapanunggilanipun. Griya wau minôngka sadhiyan papan pakèndêlaning para tamu saking môncapraja, ingkang kathah dumunung ing sajawining kitha.

Dene tumrap ing jaman sapunika, sanajan sanès bôngsa luhur utawi trahing ngaluhur, waton tiyang kacêkapan, ugi kathah ingkang sagêd angawontênakên pasanggrahan ing pundi-pundi panggenan ingkang dipun sênêngi, sawênèh dipun wastani griya patirahan. Wontên malih ingkang sairib kalihan punika, kados ta griya lusmèn. Pabrik-pabrik gadhahanipun H. v. A. ingkang sampun kula sumêrêpi ugi sok wontên pasanggrahanipun.

--- 633 ---

Pasanggrahan-pasanggrahan wau limrahipun kaprênahakên ing padunungan ingkang hawanipun sakeca tur asri, kados ta ing parêdèn, ing kitha-kitha, pasisir tuwin sanèsipun, prêlunipun kangge têtirah utawi ngenggar-enggar manah tumrap ing sawatawis môngsa.

Dumugining samangke, ing parêdèn punapadene ing pasisiran ugi taksih kathah griya pasanggrahan, inggih punika kagunganipun kangjêng gupêrmèn, prêlu kangge papan pakèndêlanipun para priyantun nagari ingkang pinuju nindakakên kuwajibanipun, kados ta: amriksa wana-wana, rêdi-rêdi, kawah, sagantên tuwin sapanunggilanipun. Sanadyan sanès punggawa nagari ugi kenging sipêng wontên pasanggrahan gupêrmèn anggêr nêtêpi kuwajibanipun ingkang sampun kapacak ing tarip. Saha malih sintêna kemawon ingkang badhe masanggrahan ing salah satunggiling pasanggrahan, kêdah suka uninga dhatêng priyantun ingkang gadhah wêwêngkon rumiyin.

Dene limrahipun pasanggrahan gupêrmèn wau mawi kadekekan tiyang ingkang kaparingan balônja mêsthi, prêlu anjagi bab tatananing bale griya tuwin angladosi saprêlunipun tumrap para tamu ingkang kêparêng masanggrahan ing ngriku, kawastanan mandhor pasanggrahan.

Manawi tiyang badhe masanggrahan ing pasanggrahan gupêrmèn, ingkang dunungipun ing tanah parêdèn (ingkang sampun kula sumêrêpi inggih punika pasanggrahan: Argapura, ing èrèng-èrènging sukunipun rêdi Sêmèru sisih kilèn, inggilipun: 2835 kaki saking lumahing sagantên) limrahipun kêdah sêsangu têtêdhan tuwin pangunjukan piyambak, awit ing ngriku pancèn botên sadhiya têtêdhan sapanunggilanipun, kajawi namung pirantosing ngrêratêngi, pirantos dhahar, ngunjuk, papan pasiraman, papan sare sapêpakipun, papan ngaso, kados ta kursi meja, dilah tuwin sanès-sanêsipun, punapadene sêrat-sêrat waosan sawatawis. Dene yèn têtêdhan ingkang kabêkta taksih mêntahan, kenging amiji tiyang ingkang jagi ngriku wau supados angladosana saprêlunipun, tuwin kaparingan pituwas samurwatipun.

Amangsuli cacriyosan kina, pasanggrahan punika sawênèhipun wontên ingkang botên ngêmungakên nyêdhiyani para tamu ingkang sêdyanipun sae, nanging malah wontên ugi ingkang kangge jujuganipun mêngsah, nanging kaangkah saya langkung kiwa dunungipun saking kitha. Prêlunipun saupami wontên mêngsah dhatêng samôngsa-môngsa, supados botên adamêl kasusahaning kawula alit, ingkang jalaran kêndhih padununganipun, dados botên adamêl kisruh, punapadene kitha ngriku supados botên gampil kangge ajanging mêngsah ngrêrisak.

Nirrasa, Tumpang Malang.

--- 634 ---

Darmawisata

Kaliurang

Kaliurang punika namaning dhusun ing sacêlakipun rêdi Mêrapi, bawah gupêrmèn Ngayogyakarta, dene prênahipun kalihan rêdi Mêrapi wontên ing sisih kidul kilènipun. Ing dhusun ngriku hawanipun asrêp sarta angrêsêpakên ing paningal, saya manawi nuju padhang rêmbulan, wit-witan utawi lêgok-lêgoking parêdèn ingkang kenging soroting rêmbulan, kêtingal anêngsêmakên manah.

Sampun rambah-rambah ing dhusun ngriku kangge lurugan tiyang ingkang sami sakit bêntèr, tèrêng, sêniwên, lan sanès-sanèsipun. Ingkang sampun-sampun manawi tiyang tirah (nêntrêmakên) wontên ing ngriku kathah jodhonipun, kajawi tiyang ingkang kenging sêsakit watuk tuwin napas.

[Grafik]

Ing salêbêtipun dhusun ngriku kathah toyanipun ingkang sami kawêdalakên sarana pancuran alit-alit. Ugi wontên balumbangan ingkang sampun dipun tata sae, punapadene adining toya grojogan ingkang dipun wastani têlaga muncar, gumrojoging toya wau wiwit wêdaling toya dumugi ngandhap, inggilipun kintên-kintên wontên 25 mètêr, wujudipun kadosdene gambar punika. Sarèhning inggil sangêt, dados wiwit wêdaling toya botên sagêd kêtingal wontên ing gambar, toyanipun sakalangkung asrêp, nanging ugi wontên ingkang sami siram wontên ing grojogan ngriku.

Kajawi punika, ing sarèhning dhusun Kaliurang punika pancèn papan ingkang ngrêsêpakên, mila kathah pasanggrahan yasan dalêm sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkubumi, Kangjêng Pangeran Arya Adipati Danurêja, utawi Radèn Tumênggung Mangunjaya, kala taksih jumênêng bupati ing Sleman. Sarta kathah para tuwan-tuwan ingkang sami manggèn ing ngriku. Para Tuwan-tuwan wau wontên ingkang yasa pasiraman, manawi malêbêt ing pasiraman sarana prabeya. Wontên ingkang yasa papan kangge balbalan (tennisbaan) bal tampèl. Wontên ingkang

--- 635 ---

pasang radhio, makatên ugi sampun wontên dilah èlêktris, yasanipun Tuwan E. Lahmeijer. Hotèl, losmèn, punapadene pondhokan kangge pasipêngan ugi dipun wontêni, malah kangge wulanan utawi dintênan.

Kalêrês sakidul wetanipun têlaga muncar wontên tukipun ingkang kawastanan umbul Têmantèn. Tuk wau sampun dipun mulyakakên dening nagari, toyanipun kailèkakên dhatêng kitha Ngayogyakarta mawi lèdhêng, sarta tuk wau dipun jagi dening pèl pulisi, dene pamanggènipun pèl pulisi ugi sampun kadamêlakên griya wontên ing papan ngriku. Ingkang sami manggèn ing kitha Ngayogyakarta, mèh sadaya sami ngangge toya lèdhêng wau.

Mênggah têbihipun dhusun Kaliurang saking kitha Ngayogyakarta watawis wontên 17 pal.

[Grafik]

Têbaning sawangan ing Kaliurang.

Ing kitha dipun sadhiyani motor bis ingkang mligi kangge tindak dhatêng Kaliurang, dene prabeyanipun, tiyang satunggal mlampah mantuk kalih rupiyah.

Md. Tamjiz. Lêngganan No. 2524.

Waosan Lare

Sadulur Tunggal Suson

XII. Pangeran Warsa anglurug mênyang Tanjunggunung

[Durma]

gênti crita nagara ing Kamurahan / saya lawas kêtitik / bangêt gone rêja / lakuning among dagang / ketoke saya andadi / wis ora beda / karo ing ngêndi-êndi //

lan pangeran ketok yèn diraja-raja / lan bangêt diwêdèni / awit wis kanyatan / Pangeran sing kuwasa / lan kabèh tindake adil / sapa sing salah / wêruh ukume mêsthi //

yèn sing bênêr ya têtêp nuli kêtrima / lan manèh tindak titi / sabarang prakara / yèn pancèn durung cêtha / durung karsa angarani [angara...]

--- 636 ---

[...ni] '/ bêcik lan ala, mêsthi dipriksa tliti //

awit saka kêncênge kangjêng pangeran / wong-uwong padha giris / lumuh nglakonana / nyang tindak kaluputan / awit upama nglakoni / môngsa wurunga / tômpa ukuman adil //

dhèk samana jêng pangeran tansah duka / dening muntap ing galih / awit tansah priksa / ananing têlik têka / tanpa kêndhat ngangin-angin / nungsung pawarta / anane kono kuwi //

nuli dhawuh nyang uwong sing dipitaya / kadhawuhan naliti / yèn nganti kêcandhak / supaya diladèkna / arêp dipariksa titi / apa ya nyata / apa mung kabar angin //

pitayane jêng pangeran nuli budhal / nyatakke ngêndi-êndi / mênyang pasar-pasar / lan mênyang ing padesan / kampung-kampung dilêboni / manawa ana / bakal dicêkêl wani //

ambênêri lakune ing dhèk samana / têkan panggonan sêpi / ana ing pêtêngan / wong mau krungu swara / wong gunêman angrasani / nyang sang pangeran / tumuli dicêdhaki //

wong sing siji rasanane rak wis cêtha / kangjêng pangeran kuwi / arêp ambalela / lali ing kaluputan / wong sing têka andalidir / mung arêp padha / biyantu adol wani //

wong sijine mangsuli mung sajak ngina / ayah apa ta kuwi / apa ya têmênan / pangeran wani nglawan / apa ta ora ngèlingi / ya ta kon nyoba / yèn ora dadi cindhil //

yèn sing nyata wis kêna digo plapuran / karêpe wis kêtitik / kocap wong utusan / pitayane pangeran / barêng krungu nyapa wani / hus drohun sapa / mandhêga hèh panyakit //

uwong loro ora wêdi malah mara / karo ngêthungi bithi / wangsulane santak / eling uwong nagara / êlo sapa kowe gênjik / aja sêmbrana / kene lho iki bithi //

satêmêne tekade mau katara / wong rada kaduk wani / akurang dêduga / dupèh dadi utusan / nanging ora pisan ngrêti / yèn Kamurahan / panggonane wong wani //

barêng ngono utusane sang pangeran / parêmpêng ngêsuk wani / karo muni tatag / ayo gêlis tibakna / bok uwis kene plêg nuli / thik kaya bocah / nganggo diwêwêdèni //

uwong têlik prêmpêng anibani tangan / ning ditangkis mak kriwil / barêng nolèh kêplag / ing raine kampiran / pèk-èpèk rada anggoci / galebag tiba / sing siji ngêsuk wani //

durung cêdhak mak plêg raine kêdugang / rada marêbês mili / ngucêg-ucêg mata / gênti diangsêg cêdhak / durung mêlèk ditêmpiling / kêtanting grobyag / kuping karasa nging-nging //

malah banjur ditubruk tangan dicandhak / utusan karo muni / ya coba bônggaa / putung tanganmu tênan / le muni karo nênani / têlik nyuwara / atho-atho èh iki //

wong utusan muni êlo kathik sambat / mêngko sisan tak gêjil / uwis ta nuruta / ayo kuwi renea / padha mlakua tak irid / aja sêmbrana / aku dudu wong jirih //

uwong loro tumuli diirid sowan / kangjêng pangeran pati / kono kabênêran / pangeran isih lênggah / nuli dhawuh sapa kuwi / lho kowe Kêrta / sapa ta sing ko irit //

Kêrta matur tiyang kêkalih punika / sami têtiyang têlik / nuli jumênêng nyat / pangeran mara nyêdhak / taliti ngiling-ilingi / sawise cêtha / nuli ngandika lirih //

--- 637 ---

ing mêsthine kowe ya wis padha cêtha / nyang kaananku iki / awit kowe padha / jênêng uwis wong tuwa / sauwise kowe nêlik / lan arêp apa / rak ya mung arêp bali //

wis balia mêngko dhisik êntènana / e bocah sapa kuwi / iki sangonana / bèn aja kêkurangan / ing mêsthine butuh dhuwit / sawise tômpa / wong loro mundur wêdi //

liya dina nuli dhawuh tata-tata / pangeran niyat wani / awit wis rumasa / kuwat anglurugana / nyang Tanjunggunung saiki / wong ora kurang / tur padha sugih-sugih //

lan kêncênging galihe kangjêng pangeran / ora niyat darêngki / mung lugu prasaja / ngrêbut kratoning rama / ora niyat angêbroki / darbèking liyan / mula mung têtêg wani //

wise pêpak tumuli ambabar layar / pangeran manggêdhèni / praune nèng têngah / ketok gêdhe anganggrang / layare malêndhung putih / lakune rikat / digrubyug prau cilik //

yèn disawang kaya garudha anglayang / wujude mêmêdèni / ing sadalan-dalan / yèn pangeran kapisah / banjur ambyuk angêbyuki / asurak-surak / bisa nênangi ati //

ora kêndhat pangeran tansah mêmulang / lakuning bênêr bêcik / ing sadalan-dalan / salamêt tanpa ngaral / dilalah angine bêcik / kaya nyêngkakna / lakune dadi gêlis //

barêng uwis ana sawatara dina / dharatane kêtitik / isih kêthap-kêthap / pangeran angandika / kae Tanjunggunung mêsthi / uwis ta kônca / aja nolih ing buri //

[Grafik]

Ing nginggil punika sawangan sacêlakipun Cikotok, Bantên Kidul, ing ngriku wontên pêlikanipun êmas. Mirid cariyos jaman Indhu, ing tanah ngriku punika panggenaning donya brana.

--- 638 ---

Kawontênaning Bôngsa Indhonesia ingkang Kakêmpalakên Wontên ing Pacific Congres ing Batawi

Kala ing dintên Slasa tanggal kaping 14 wulan punika kalêmpakaning bôngsa Indhonesia ingkang wontên ing Pacific Congres sami dipun arak ing gêdhong museum. Ing dintên wau Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral amriksani wontên ing ngajêngan. Ingkang sami rak-arakan wau sami mangangge pangangge kabangsan asli.

[Grafik]

Pratelaning gambar, nginggil piyambak sisih kiwa, bôngsa Minangkabo. Têngên, bôngsa Acih. Têngah sisih kiwa: prawan-prawan ing Lampung. Têngên bôngsa Palembang. Ngandhap piyambak sisih kiwa: bôngsa Dhayak, têngên bôngsa Sumba.

--- 639 ---

[Grafik]

Bôngsa Nias. Mênggah Nias punika satunggiling pulo sakilèn tanah Sumatra. Têtiyangipun misuwur sami sagêd main catur.

[Grafik]

Bôngsa Batak. Punika têtiyang asli saking nagari ingkang misuwur kapalipun.

[Grafik]

Bôngsa Sundha, mindhakakên bupati ing jaman kina. Cara-caranipun sairib ing Jawi Têngah.

[Grafik]

Bôngsa Jawi, sami mangangge padintênan cara priyantun, utawi manggangge cara badhe jagong.

[Grafik]

Bôngsa Papuah, sami mangangge jangkêp mirantos dalah têtabuhanipun utawi dêdamêl.

--- 640 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Têtingalan ing Pacific Congres

Garèng : Ora, Truk, aku kok gumun ngrasakake kowe kuwi, Batawi kirak nêgara tèji bangêt, kowe nang kono kok kalêbu ngêbuk, kok diuwongake. Kuwi kêpriye.

Petruk : Yah, le ngarani kok tèji, tèji kuwi rak tumraping jaran, nèk nagara rak gêdhe. Kowe aja kaliru tômpa, Rèng, anggonku mrana-mrene diulêmi kuwi, ora kok mêrga aku wong apangkat utawa wong kang gêdhe pêngaruhe, nanging sanadyan mung cêpetha-cêpethe mangkene aku kiyi sathithi-sathithik jênêng jurnalis, malah dina Saptu kang kapungkur kiyi aku iya diulêmi makan bêsar dening pabrik oto Jendral Motor ing Tanjungpriuk, bêbarêngan karo jurnalis-jurnalis sawarnaning bôngsa, wah, hla kuwi, wis, wis, gandêm têmênan.

Garèng : Wathathithah, hla kok kampi têmênan, ing môngka jarene Jendral Motor kuwi duwèke wong sa-Amerikah, dadi omongane mêsthine iya basa Inggris. Mara, Truk, caritakna sing talêsih, aja ana sing kliwatan, patrapmu anggone cohosu ana ing Jendral Motor kuwi.

[Grafik]

Petruk : Yah, Rèng, nèk ora bisa basa Tionghwa bok aja sok ngêtokake têmbung Tionghwa, mundhak kaliru, Cohosu kuwi têgêse rak pista ênggon manton, wis, wis, rungokna, tak caritani saka wiwitan pisan, cikbèn cêtha. Tanggal 14 sasi kiyi aku ditimbali dening panggêdheku, sarta banjur dipangandikani mangkene: He, Petruk, andadèkna kawruhanamu, iki ana ulêm-ulêman saka Jendral Motor, yèn arêp nganakake pesta gêdhèn ing dina Saptu ngarêp kiyi, kowe mangkata minôngka dadi sêsulihe kantor Bale Pustaka. Nômpa prentah mangkono mau, sanalika kono sindapku banjur rumap, lan atiku mèh bae pêrlop bètên bêswar pan dhê landhê. Ewasamono iya tak saguhi bae. Sanalika kono aku enggal-enggal banjur tilpun marang sobatku kêras Si Culik, redhaktur layang kabar Keng Po ing Batawi. Halo, Culik - yès hiyê, mistêr Culik (Yes, here mr. Tjoelik) - yas, yès mèngklèkmu kuwi, aja cara Inggris, aku Petruk, [Petru...]

--- 641 ---

[...k,] bapak bokku, êmbah, êmbah buyut, canggah warèng, udhêg-udhêg gantung siwurku Jawa, dadi aku iya Jawa, omongku iya cara Jawa- o Mistêr Petruk, ho dhu yu dhu, mai dhiyê phrin, èn wot dhu yu won (Oh, Mr. Petroek. How do you do my dear friend and what do you want) = o, Tuwan Petruk, apa padha slamêt mitraku, lan apa kang dadi karêpmu - we, hla, disambêr gêlap kaping pitu likur dhur-dhuran têmênan, ana kok banjur têrus ngomong Inggris bae - bèg padhênsê, ai dhun ndhêrstêtèn yu (Beg pardon, sir, I don't understand you) = nyuwun ngapura tuwan, aku ora ngrêti omongmu - sabar- sabar Culik, aku arêp rêmbugan karo kowe bab ulêm-ulêmane si Jendral Motor ing Tanjungpriuk, - O yès ai no yu ainphaitit bi jenêral motor èt priyuk, a not yu (Oh, yes, I know you are invited by General Motors at Priok, are not you?) = O, iya, aku ngrêti yèn kowe diulêmi dening Jendral Motor ing Tanjungpriuk, iya apa ora, we, hla, cilaka mêncit têmênan, sajake Culik kiyi saiki lagi mabuk cara Inggris, nèk mabuka cara Lônda kuwi iya wis pantêse, nèk-nèke banjur bisa olèh drajat utawa olèh bintang prunggu, balik mabuk cara Inggris rak ora ana gawene. Tujune adoh, upama cêdhaka mono tak kêmpit ing kèlèk sida gêmbrèt-gêmbrèt têmênan, - hah, hah, hah, hla, kuwi nèk Petruk, ming mêngkono bae wis duka, anggone aku têrus omong Inggris, kuwi kanggo ngulinakake, supaya ana ing kana omongku aja nganti kêclithat-kêclithut, sabab aku uga diulêmi dening Jendral Motor. Sauwise, Rèng, aku rêmbugan karo Si Culik nêdya arêp bêbarêngan lakune, lan sadurunge dina Saptu aku karo Culik arêp nyinau wawan gunêman cara Inggris.

Garèng : Wadhuh, ya rada gawat kiyi, lho, anggonmu ngulinakake basa Inggris karo Culik kêpriye, Truk.

Petruk : Lho, kuwi mangkene: aku têka nyang omahe Culik, Culik banjur kondhang nyang aku: Truk, Truk, mara saiki kowe tak coba, kêpriye wangsulanamu, yèn ana wong Inggris calathu nyang kowe mêngkene: me ai introdhyus mai sèlêp tu yu, Ai èm...(May I introduce myself to you, I am...) - sanalika kono banjur tak wangsuli mangkene: tèng kyu, sê, ai dhun laik wêdhus (I don't like wedoes) - sanalika kono Culik banjur angguyu kêpingkêl-pingkêl, jarene aku salah wèsêl babar pisan. Kandhane Culik mêngkene: pitakonku mau têgêse: aku arêp nêpungake karo kowe, aku kiyi...intrêdhyus kuwi têgêse: têtêpungan, dumèhane ana têmbunge: dhyus banjur diarani wêdhus, dene têgêse I don't like kuwi: aku ora doyan, mara ana wong diajak têtêpungan wangsulane kok aku ora doyan wêdhus, apa mèmpêr kuwi. - Aku banjur omong karo Culik: Iya wis aku trima kalah, saiki pitakonku wangsulana, nyata kowe ngrêti basa

--- 642 ---

Inggris têmênan: Ti sondhêr go, èn le, plangsane. Wis kurang ajar, ditakoni mêngkono kuwi, Culik ora mangsuli, kok mung mèsêm bae.

Garèng : Yah, ora susah Culak-Culik, nèk cara Inggris kaya mêngkono, aku bae bisa mangsuli, pitakonmu: Ti sondhêr go, èn le plangsane, kuwi têgêse: roti sondhêr mêrtega lan sêle cêmplang rasane. Wis, wis, ana jarene omong Inggris, kok banjur ngêtokake bêdhekan.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Sanadyan kawontênanipun griya gêmintê ing Sêmarang kangge tiyang ingkang kirang kêcapan kathah, inggih punika ing Sêmarang wetan, sampun kathah, nanging sami rumaos kawratan, jalaran kêtêbihên. Ing sapunika gêmintê wiwit damêl griya malih wontên ing kampung enggal, Mlathèn, saha sampun kathah tiyang ingkang gadhah panyuwun.

Ing Salatiga sampun wiwit tata-tata badhe mahargya rawuh dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral, anggènipun badhe konprènsi kalihan para bupati.

Mêntas wontên kuli kontrak cacah 500, bidhal saking Sêmarang dhatêng Nieuwe Caledonie, saha badhe ambidhalakên dhatêng Suriname 300

Katêtêpakên dados warga propènsi Yalêrat ing Jawi Kilèn Tuwan Atik Suwardi, pangarsa Kwiksêkulbon.

Sampun sawatawis dintên punika, wontên lare-lare bôngsa Tionghwa sawatawis umur 10 dumugi 11 taun, sami numpak pit saking Grêsik dhatêng bênawi sacêlakipun dhusun Sêmbayat, lare-lare wau lajêng sami baitan, sarêng lampahing baita dumugi sungapan cêlak sagantên, baita dipun gonjang-ganjingakên lajêng kalêbêtakên toya ngantos kêbak, wusana baita kèrêm, lare-lare ingkang kathah sagêd ngêlangi, ingkang 3 dipun gèrèt minggir saha sami botên èngêt.

Lulus Iksamên H.B.S. wêkasan ing Bandhung, Sudibya, Nonah Sumadipraja.

Tumrap ing Bandhung wontên wara-wara saking ingkang wajib, angawisi talèdhèk utawi bangsanipun kados makatên mitongtonakên wontên ing panggenan umum. Dipun têtêpakên dados warga propinsi Yalê rad Jawi Wetan, Mas Suwana.

Mêsin mabur Dornier saking nagari Walandi, ing dintên punika badhe dumugi ing Tanjungpriuk. Samôngsa mêsin-mêsin mabur wau malêbêt ing kalangan mabur, ngengingakên tiyang sawatawis ningali malêbêt, malêbêtipun mawi karcis.

Ing BawiBatawi. mêntas wontên bikakan griya sakit kewan, nalika pambikakipun kathah tamu ingkang sami anjênêngi. Ing griya sakit wau dipun sadhiyani panggenan kangge ngrimat kapal, sagawon, kucing tuwin kewan sanès-sanèsipun, ingkang sakit saha manggèn ing ngriku. Makatên ugi ing ngriku dipun sadhiyani panggenan kangge andèkèk kewan ingkang katitipakên, upaminipun ingkang gadhah pinuju kesahan. Para tamu sasampuning mariksa mubêng, lajêng lênggahan sawatawis, wusana bibaran.

Lulus iksamên wêkasan ing K.W.S. ing Batawi. Ing bab Burgelijke Bouwkunde Ambyuh. Kagunan warni-warni: Jaka Sutirta. Water-en Spoorwegbouwkunde: Ong Tek Siang, Mas Sukamta. Werktuigkunde Abdulkadir, Mas Sukani, Sie Tjoan Tok, Th. W. Tangkau, O.M. Kajadoe, R.R. Lamping, Tan Boen Kwie. Extraneus; Lim Ban Djin. Electrotechniek: Liem Biau Laij, Radèn Suleman.

Wontên pawartos, Rêgèntên bon Sêdyamulya badhe kêmpalan wontên ing Wèltêprèdhên, nanging dèrèng katêtêpakên dintên utawi pamanggènipun, badhe ngrêmbag ing bab kuwajibaning bêstir. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Pakualam badhe anjênêngi. Ingkang Sinuhun ing Surakarta tuwin Ngayogyakarta badhe utusan wêwakil.

Wontên murid-murid Osvia ing Madiun, kalih klas sami dhatêng Sarangan, dipun iring ing guru Jawi. Murid-murid wau lajêng sami adus wontên ing balumbang, wontên satunggiling murid nama Sriwanda asli saking Surakarta kalêlêb wontên ing toya botên sagêd ngêlangi, wusana andadosakên ing tiwasipun.

--- 643 ---

Studieclub ing Surabaya mêntas ngawontênakên parêpatan dipun dhatêngi tamu 500. Parêpatan angêdêgakên ingkang dipun namakakên: Rad sinoman kampung, kadosdene gêmintê rad tiyang siti, ingkang dipun pilih dados pangarsa Tuwan Sunjata kanthi sèkrêtaris angsal balônja. Punggawaning rad wau wontên 17, kapêndhêtakên têtiyang kampung ingkang sampun sêpuh, dipun biyantu satunggaling rad juru panimbang dening Ir. Anwari, ing bab kagunan Mr. Muhamad Yusup, ing bab pangadilan, tuwin DR. Sutama ing bab kasarasan.

Kawartosakên, bilih pangupajiwa ing Dhigul katingal saya majêng, sapunika sampun kathah toko-tokonipun, tiyang dagang partikêlir saking Ambon. Punapa malih ing bab prêluning gêsang ugi nyêkapi, kados ta: pênatu, kêmasan, tuwin tukang warni-warni.

Ir. Radèn Mas Panji Surahman Cakraadisurya, kaangkat dados Nèpêrid konsulèn.

Naamlooze Vennootschap Bank-Nasional Indonesia ing Surabaya, sêtatêtunipun sampun dipun absahi ing parentah.

Rêgining karcis sawarnining klas saking Wèltêprèdhên dhatêng Bandhung mêdal Purwakarta utawi Bogor suda 20%.

Ministêr pan koloniên andhawuhakên dhatêng N.V. Hagefilmfabrieken van Willy Mullers ing nagari Walandi, supados andamêlakên pilêm Indhonesiah. Pilêm wau panjangipun 15.000 m, prêlu badhe kangge pangajaran ing pamulangan-pamulangan Indhonesiah.

Tuwan Muhamad Rais, ing Cigugur, Cirêbon, tiyang ingkang misuwur paguronipun, para muridipun nyêbut Kangjêng Gusti Pangeran Muhamad Rais. Sampun dados padatanipun sabên tanggal sapisan Sura amistakakên muridipun ewon. Benjing tanggal sapisan wulan Sura ngajêng punika badhe pista agêng-agêngan, kintên-kintên badhe nêlasakên waragad f 20.000.-

Bôngsa Mênadho nama K. Daniel nunggil griya kalihan bangsanipun nontên ing Tanah Tinggi, Wèltêprèdhên, dipun cêpêng ing Pulisi, awit kadakwa badhe damêl sêsorah abrit, tiyang wau sampun nate dhatêng Moskou tuwin nagari pintên-pintên ing Eropah. Kintên-kintên badhe dipun purugakên dhatêng ing Dhigul.

Idham-idhamaning para komite kêbênan ing Tumpang sagêd kasêmbadan pikantuk bathi saking sarana angawontênakên karamean ringgit tiyang, angsal-angsalaning bêbathèn wau kadarmakakên dhatêng têtiyang ingkang kasusahan jalaran bêna ing bawah Kabupatèn Pasuruan (N.).

Kawartosakên Mr. Radèn Mas Sartana badhe nunggil damêl kalihan Mr. Dr. Oeij Tjiang Sin tuwin Mr. Ko Tjaij Sing wontên ing Batawi, saha badhe pindhah papan tunggil sapanggenan.

Kawartosakên para Walandi Indho ing Surabaya sami kêkirangan griya sewan, lajêng sami ajak-ajak gadhah pamrayogi dhatêng gêmintê supados ngêdêgakên griya sewan wontên ing kampung Kêmayoran, ingkang sewanipun antawising f 30.-, dumugi f 50.- rêmbag wau dipun condhongi ing Walandi 250.

Wontên pawartos, Paduka Tuwan Talma tilas dhirèktur pinansiên seda wontên ing Brussel.

Ing salêbêtipun wulan punika, ing Pathi badhe wontên pêkên darma, angsal-angsalanipun badhe kangge Ziekenfonds Mardi Oesada, ingkang dipun êdêgakên dening ingkang bupati ing Pathi. Pakêmpalan wanita Puspa Rinonce badhe bikak pajajanan, ingkang angsal-angsalanipun ugi badhe kangge darma dhatêng Ziekenfonds wau.

Pawartos saking Administrasi

Agen nomêr 2240 ing Gêdhangan. Kula aturi nglêbêtakên lêngganan satunggil êngkas, minôngka lintunipun ingkang pindhah dhatêng Têmanggung. Manawi botên makatên panjênêngan botên sagêd gratis.

Agen nomêr 3730 ing Pêterongan. Buku ingkang ngangge gambar ringgit rêgi f 4.- manawi panyênênganpanjênêngan. kêrsa kula aturi kintun artra f 4 - f 1.50 = f 2.50 sêringgit.

Tuwan Kartasiswaya king Jêthaksari. Pos wisêl f 1.50 sampun tampi, Kajawèn sampun kakintun. Mundhut dados agèn almênak botên sagêd nglaksanani, sampun dados panggalih.

Pawartos Wigatos

Kirang kalih wêdalan malih waosan Pêpisahan 27 Taun sampun tamat. Satamating cariyos wau badhe kasantunan waosan sêrat: Bayan Budiman. Waosan ingkang badhe kawêdalakên punika isi cariyos warni-warni ingkang nêngsêmakên, mawi sinawung ing sêkar. Kajawi cariyosipun sae ugi isi wulang cêkak aos. Murih botên damêl cuwaning panggalih, sintên ingkang dèrèng lêngganan, kaparênga tumuntên mundhut lêngganan, awit waosan ingkang jugag punika adamêl cuwa.

Red.

--- 644 ---

Wêwaosan

Pêpisahan 27 Taun

Karanganipun Mw. Asmawinangun ing Jatilawang, Purwakêrta.

31.

Dak srapat-srapat, praupan, kêkulitan lan dêdêg pangadêge wong mau plêg kaya praupan, kêkulitan lan dêdêg pangadêgmu, nanging wong mau nyata wong tuwamu utawa dudu, aku ora wani mêsthèkake. Saupama wong mau bisa crita yèn ilanging anakke marga kèli ana kali Sirayu,Sêrayu. mêsthi wong tuwamu. Cêkake, Di, prakara iki isih samar, bisane cêtha yèn larane wis mari, saka pandugaku bôngsa têlu utawa patang sasi manèh, sêdhêng kowe wis tamat saka sinau.

Samêngko kapriye kang dadi karêpmu, saupama wong mau kalakon mari sadurunge kowe bali, bêcik ditahan dhisik apa ora, aku ngarêp-arêp wangsulan.

Saka aku trêsna: F. Heldering

Sarampungipun maos sêrat wau dhoktêr Atmadi linggih ing kursi, badanipun ngraos lêmês gumêtêr, rainipun dados pucêt, luhipun daleweran. Kala samantên ingkang èstri dhatêng, atakèn, têmbungipun: tômpa layang saka ngêndi, mas.

Dhoktêr Atmadi mangsuli kalihan ngusapi luh: Saka tanah Jawa.

Saka bapak manèh.

Ora. Saka Prang.

Ana kabar apa.

Ênya wacanên dhewe. Sêrat kaulungakên. Sasampunipun nampèni sêrat wau ingkang èstri lajêng mapan maos, nanging namung kabatos kemawon, sasampunipun rampung, wicantên, têmbungipun: Kira-kira bapak apa dudu mas, wong iku.

Êmbuh, iya.

Bêgja bangêt, mas, yèn wong kuwi bapak. Layang iki pancèn rada ambungahake, kêna apa kamas têka banjur katon susah.

Ora luput calathumu, bênêr layang iki ora cêtha, nanging kaya-kaya wis kêna kapasthèkake yèn wong kuwi bapak, mula tumrap aku dhewe uga rada bungah, ewasamono sajroning bungah mau aku uga ngrasakake susah, saupama têmên wong kuwi bapak, hêm... mêsakake têmên, dene samono gêdhening kasusahan lan sangsara kang dilakoni amarga anggolèki aku. Sangsara: dene tansah kluyuran mênyang ngêndi-êndi, yèn panas kapanasan, yèn udan kodanan, turune mêsthine iya saênggon-ênggon, bisa uga ana ing dalan sok digêguyu wong utawa dimunasika.

Hla, saiki kapriye bêcike.

Bêcike kapriye.

Sarèhning Prang anjaluk wangsulan, diwangsuli apa ora. Mêsthi.

Unining layang: pitakon wonge ditahan apa ora samasa kalakon mari ing sadurunge kamas kondur.

Iya. Mungguh kowe kapriye, mrayogakake mangkono apa ora.

Iya, bêcik mangkono bae.

Dhoktêr Atmadi enggal dhatêng meja panyêratan, damêl sêrat. Sasampunipun rampung kaulungakên dhatêng ingkang èstri, wicantênipun: jajal wacanên, cukup mangkono bae apa durung.

Ingkang èstri nampèni sarta lajêng maos, sasampunipun rampung, wicantên têmbungipun: Iya wis prayoga, arêp diposake kapan.

Sesuk.

Bêgja bangêt, mas, yèn wong kuwi bapak têmênan.

Tumrape aku pancèn bêgja, nanging...

Nanging... kapriye.

Nanging... tumrape kowe apa ora bakal isin duwe maratuwa kaya ngono.

Isin, isin kapriye.

Ingatase kowe putra wadana têka duwe maratuwa wong asor, tur...

Ora, mas, ora, aja nguwatosake prakara sing mangkono.

Têmênan.

Apa kamas mundhut supaya aku supata.

Ora. Sukur yèn mangkono.

Kadosdene wontên ingkang akèn wêkdal samantên ingkang èstri ningali jam, wasana kêtingal ragi gugup lumêbêt ing griya atata têdha. Sasampunipun rampung mêdal malih manggihi ingkang jalêr, wicantênipun: Dhahar, mas.

Dhoktêr Atmadi pitakèn: Jam pira ta, saiki. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 42, 15 Bêsar Taun Alip 1859, 25 Mèi 1929, Taun IV

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [645] ---

Ôngka 42, 15 Bêsar Taun Alip 1859, 25 Mèi 1929, Taun IV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Krêtêg ing Lèpèn Sumani (Solok)

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun lèpèn Sumani (Solok), ilining toya anjog ing talaga Sikarak. Lèpèn wau sanadyan alit nanging lêbêt, dene sawanganipun turut lèpèn, katingal asri, krêtêgipun kêtingal agêng anganggrang.

--- 646 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja, Ind. Arts ing Kudus

Sambêtipun Kajawèn nomêr 41.

Manawi badhe ngêdusi bayi ingkang nêmbe lair, ing sadèrèngipun kêdah nyawisana toya angêt saèmbèr agêng, bêntèripun toya kadamêl 350 c, utawi kintên-kintên kemawon. Amurih icaling yiyit lan rêrêgêd, ing sakawit badanipun bayi kêdah kagosok ngangge lisah sladhah, sasampunipun lajêng bayi kalêbêtakên ing toya wau dumugi ing gulu, anggènipun ngosoki ngangge sabun.

Sarèhning badanipun bayi wau taksih lêmês sangêt panyandhakipun sampun kasar-kasar, manawi mripat lan cangkêmipun taksih rêgêd, inggih kêdah dipun rêsikana ngangge kapas, kacêlupakên ing toya matêng sanèsipun. Sasampunipun dipun êdusi prayogi kausapana ngangge andhuk ingkang rêsik ngantos badanipun garing, saha malih andhuk wau tansah katingal rêsik.

[Grafik]

Patraping ngupakara saha mapanakên bayi.

Sasampunipun bayi dipun êntas sarta garing, lajêng dipun buntêl sarupi anggêdhong ngangge sinjang ingkang rêsik lan angêt, amargi bayi dèrèng kuwawi kenging asrêp dangu-dangu. Sabên enjing lan sontên kêdah kaêdusana kados kasêbut ing nginggil. Utawi anggènipun ngêdusi botên kenging dangu-dangu, dangu-dangunipun 5 mênit. Kawuningana lare ingkang badhe dipun êdusi punika kêdah kapriksanana rumiyin, manawi lare wau badanipun bêntèr utawi tuwuk, sampun pisan dipun êdusi, nêsêpi prayogi sabibaripun adus.

Ingkang kathah jabang bayi wiwit lair dumugi umur 5-6 wulan dipun gêdhong punika sajatosipun nguwatosi, prayogi dipun icali babarpisan. Lare bayi ingkang dipun gêdhong punika ambêgan kirang sakeca (sêsêg).

Panganggenipun bayi punika sasagêd-sagêd ingkang lêmês saha ingkang angêt, lan malih sampun ngantos kêsêsêkên, panganggenipun kêdah tansah rêsik botên prêlu ingkang awis rêginipun.

Sadaya patrap ngêdusi, manganggèni, utawi sanès-sanèsipun punika kêdah sarwa alon-alonan kanthi ngatos-atos tuwin tangan ingkang badhe [ba...]

--- 647 ---

[...dhe] anggrayang bayi kêdah rêsik.

Bayi manawi sampun lair ing salêbêtipun 24 jam, botên prayogi dipun têdhani punapa-punapa, kajawi madu utawi jèr-jèran gêndhis batu. Sasampunipun umur samantên kêdah dipun sêsêpi, ingkang prayogi piyambak inggih biyungipun ingkang nêsêpi, bilih wontên sabab kenging dipun sêsêpi tiyang sanès anggêr tiyang wau bagas kasarasan badanipun, dene manawi botên makatên kenging dipun dhot ngangge susu pêrêsan ingkang sae.

Bayi ingkang dipun sêsêpi utawi dipun dhot, punika botên prêlu dipun têdhani punapa-punapa, cêkap sêsêpan utawi dhot punika kemawon. Dulang pisang lan sêkul, punika babarpisan botên kenging, jalaran padharan bayi dèrèng kiyat nampèni têtêdhan wau.

Bayi ingkang umur 1-5 wulan punika prayogi sabên kalih jam, kasêsêpana utawi kaombènana, nanging ing dalêm sadintên sadalu kêdah namung kaping 6-9. Dados manawi siyang sampun kaping 6, dalunipun kêdah kaping 3, manawi kêkêrêpên utawi kêkathahên anggènipun ngombèni utawi nêsêpi, punika sagêd nuwuhakên sêsakit padharan, mulês, lare nangis kemawon. Lan bayi ingkang dipun dhot ngangge susu blèg punika kêdah dipun wori tajin sêkuling uwos ingkang botên sosohan utawi gilingan, amargi manawi namung susu blèg thok kemawon, punika sagêd ambêbayani, sagêd anuwuhakên sêsakit bèri-bèri utawi sanèsipun.

Ing ngajêng sampun kacariyosakên manawi wontên sabab-sababipun ingkang anjalari biyung botên kenging utawi botên sagêd nêsêpi anakipun, utawi kapêksa botên wontên tiyang èstri sanès ingkang nêsêpi, dados inggih prêlu anakipun dipun têdhani têtêdhan ingkang sami munpangatipun kalihan toya susu, ingkang limrah kangge lintu inggih punika puhaning lêmbu ingkang sae asli lêmbu ingkang lêma ingkang saras botên sakit parel saèmpêr kados sakit tèrêng mênggahing manungsa, awit manawi bayi dipun ombèni puhaning lêmbu ingkang gadhah sakit makatên, sagêd ugi bayi wau lajêng dhawah sakit tèrêng. (Badhe kasambêtan)

[Grafik]

Golonganing tiyang bôngsa Sumba, sami nuju nênun, ingkang dipun pitongtonakên wontên ing Pacific Congres ing gêdhong museum ing Batawi.

--- 648 ---

Bab Rajakaya

Kasarasaning Kewan

Sarèhning kewan ingahan punika gêsangipun kawêngku dening manungsa, pramila ugi kêdah kajagi kasarasanipun. Dene kasarasan wau kajawi pakan lan toya ombèn-ombènipun, ugi papan lan hawanipun.

[Grafik]

Kandhang kêmpalan.

Damèn ingkang jamurên utawi dhêdhak ingkang sampun wayu punika manawi kapakakakên ing rajakaya sagêd anjalari sakit, samantên ugi toya ingkang botên rêsik. Sanajan botên prêlu dipun ombèni toya ingkang sampun dipun godhog, nanging kêdah kapadosakên toya ingkang bêning, ingkang mêdal saking sumbêr utawi sumur, awit toya kalèn ingkang sampun kacampuran rêrêgêd warni-warni punika, kajawi isi wijining sêsakit ingkang nular ugi isi wiji bangsaning cacing ingkang sagêd gêsang ing salêbêting jêroan, upaminipun ing wadhuk, ing usus utawi ing manah.

Rajakaya ingkang kapragad asring kapanggih ing babat wontên porangipun ngantos pintên-pintên atus, ing usus wontên cacing tuwin cacing pita, ing manah wontên bangsanipun cacing ingkang wangunipun kados godhong, ing êlêd-êlêd tuwin ing gorokan ugi sok wontên bangsaning cacing ingkang wangun lan warninipun kados isi timun, lan sadaya wau sami anggodha kasarasanipun kewan. Punika sababipun ugi saking têtêdhan tuwin toya ingkang botên rêsik.

Dene hawa ugi kêdah ingkang hawa sae, pramila prêlu sacêlakipun kandhang kêdah dipun rêsiki supados botên anggônda. Tujunipun kalimrahaning rajakaya yèn siyang sami kawêdalakên saking kandhang, kaumbar utawi kacancang sangandhaping wit-witan, awit ing ngriku kewan wau sagêd pikantuk hawa ingkang migunani ing gêsangipun.

Wontên malih, kewan punika ugi kêdah ngulinakakên hawa ing tanah ngriku, upaminipun lêmbu ingkang kulina wontên ing tanah parêdèn ingkang hawanipun asrêp, manawi kabêkta dhatêng tanah ngare, utawi kosok-wangsulipun, punika manawi taksih enggal-enggalan, wulunipun lajêng anjêgrig, botên doyan nêdha, katingalipun kados kewan sakit, têrkadhang yèn èstri sok botên tuwuh tandhanipun laki.

--- 649 ---

Lêmbu Walandi utawi Ostrali ingkang kangge pêrêsan wontên ing tanah Jawi, punapa malih ingkang hawanipun bêntèr, ugi makatên, trêkadhang sok kirang wêdaling puhanipun.

Dene papan panggenanipun (kandhangipun) ugi kêdah ingkang inggil, supados toya jawah botên mili dhatêng salêbêting kandhang, utawi saenipun ing sangandhaping tritisan dipun kalèni, sarta mawi ilèn-ilèn têrus dhatêng jugangan.

Kapal punika botên tahan dhatêng papan jênês, kapal sandêl ingkang nalikanipun wontên pulo Sumba kaumbar wontên ing wana, têdhanipun pados piyambak, tanpa gêdhogan lan tilêmipun saênggèn-ênggèn, manawi sampun dados kapal ingahan punapa malih lajêng kapêndhêt damêlipun, punika lajêng dados kikrik, gampil masuk angin, saya malih yèn mêntas dipun tumpaki utawi kangge tarikan ingkang kringêtipun dèrèng asat. Pramila gêdhoganipun kêdah ngongkang siti, supados uyuhipun sagêd têrus, bagean sangkaning angin kêdah dipun aling-alingi. (Badhe kasambêtan)

Suryadi, Keurmeester Panaraga.

Bab Têtanêman

Kênthang Walandi

Kênthang punika ingkang katanêm wohipun ing ngandhap, kênthang ingkang pancèn badhe kangge winih, ing sadèrèngipun kêdah kapilihan ingkang sae-sae, saha cêkapan agêngipun, saya agêng inggih saya sae, nanging wontên sawênèhipun tiyang nanêm, yèn winihing kênthang kagêngên lajêng kasigar, makatên punika prêlu ngirit-irit. Panyigaripun kêdah mawi lading ingkang landhêp, murih tatuning sigaran wau alus, lajêng kaleletan awu utawi bubukan arêng, nuntên kagaringakên, supados botên katêdha ing sêmut sarta botên gampil bosok. Ananging yêktosipun botên kados ingkang ngangge winih wêtahan, pandamêling winih makatên:

Sasampuning kapilih nuntên kaglethakakên ing siti sênthongan ingkang pêtêng kaêlèr, wontên ing ngriku sawatawis dintên kemawon kênthang wau sampun sami thikil, thikilipun katingal pêthak, mratandhani yèn badhe têrik, ing môngsa punika sampun kenging katanêm dene mathukipun dhatêng pasitèn ingkang gêmbung kamoran wêdhi. Sasumêrêp kula piyambak, pasitèn ingkang mathuk sangêt kangge tanêman kênthang inggih punika tanah ing parêdèn Tênggêr, mila pawêdaling kênthang saking ngriku agêng-agêng.

Awis kêrêping pananêm 2 kaki, ing dalêm têgal sabau, cêkap ngangge winih kênthang 5 utawi 6 rêmbat. Pananêmipun botên prêlu kaipuk, manawi sampun thukul, môngka wontên ingkang pêjah, kirang prêlu dipun sulami, awit sulaman wau tamtunipun lajêng kawon sêpuh, tuwuhipun botên nututi sanèsipun, wusana angsal-angsalaning [angsal-angs...]

--- 650 ---

[...alaning] kênthang kirang mikantuki, alit-alit tur botên sapintêna, mila pawêdaling kênthang ing tanah ngare alit-alit, botên patos nyênêngakên. Nanging yèn kapengin nanêm kênthang ing ngare, ingkang prêlu sangêt kêdah kathah lêmènipun.

Mênggahing pamatun namung sawatawis, dipun sambi ngurug, yèn sampun sêkar mratandhani badhe awoh. Prayogining pangundhuh kasrantosna saagêngipun, awit yèn agêng-agêng sagêd angindhakakên rêgi.

Tumrap ing parêdèn Tênggêr anggèning sami nanêm kênthang ing môngsa rêndhêng, siti ing ngriku botên sagêd bacêk, awit siti miring, mila tansah dhahas, sasêpuhing kênthangipun kadhudhuk. Tumrap ingkang botên kacêkapan: benjing rêndhêng ngajêng tanpa ulur, nanging tiyang wau taksih gadhah rimatan wit kênthang, inggih punika kêkantunaning (keceranipun) kênthang ingkang rumiyin wontên ing têgal kapêndhêm, sami nêrik, wasana karimat, dumugining môngsa sêpuh ugi mêksa tumut sagêd andhudhuk kênthang, ananging ingkang makatên punika kirang pakantuk, kajawi papanipun pating palêncat awis-awis, wohipun botên kathah. Dados yèn mirid saking kawontênan punika, tumrap sintêna ingkang gadhah ada-ada nanêm kênthang, môngka murih sae piwêdaling asilipun, inggih prayogi ulur winih enggal sabên ing pêndhak môngsa nanêm, yèn sae pawêdalipun benjing angsalipun yatra ugi kathah.

Kênthang punika kajawi kangge kêlanan, kenging kangge lêlintuning sêkul, kapathi, kagorèng, kacriping lan sapanunggilanipun.

Sapunika kula wêwahi bab pandamêlipun criping kênthang makatên: kênthang mêntah sasampunipun kaoncekan, kairis-iris bundêr miring, kakumbah rêsik, lajêng kaêkum ing toya bêninging ênjêt sadalu, enjingipun têrus kaêdang satêngah matêng, lajêng kaêpe kaêlèr ngantos garing, yèn sampun garing kagorèng lisah klêntik, raosipun kados kripik gadhung warninipun pêthak mêmplak. Yèn kêparêng asin, cêkap dipun pyur-pyuri sarêm sasampuning kagorèng wau.

Nirrasa. Tumpang - Malang.

[Grafik]

Ing sisih punika gambar griya bôngsa Batak satiyangipun, punapadene barang dêdamêlanipun ingkang dipun pitongtonakên wontên ing Pacific Congres ing gêdhong musium ing Batawi.

--- 651 ---

Panglipur Manah

Priya Candhala.

[Gambuh]

rasèng tyas dènnya gambuh / jatinira ya mung karya pemut / sumlang dulu ardèng naya wong taruni / tangèh tata ing atimu / salawase laku awon //

marmane anak putu / elingira têrusna atimu / marsudia marang laku ingkang bêcik / cikbène nêmu rahayu / yuwana tumêka ing don //

si kaki duk rumuhun / andongèngi ginawe amuruk / mrih rinasa sabarang kang nora bêcik / wong anom tan mangan wuruk / ngaloyong tan lumrahing wong //

Si Amad aranipun / taksih jaka tur rupane bagus / kuciwane lakune sing nora bêcik / lumuh marang tindak ayu / nuruti budi angrêdon //

dhêmêne tindak luput / wêkasane kapulêt lir pulut / piwulange wong tuwa tan pinarduli / ngênês tyase bapa biyung / satêmah tininggal layon //

Si Amad saya gêmblung / andalarung gêndhênge kêbacut / pan kêbanjur royale tan bisa mari / barang ngomah êntèk mamprung / mung nuruti ardèng batos //

rasane ati bingung / pan dhuwite mung kari sapuluh / puluh-puluh karasa jêroning ati / thukul budine andludur / dumadakan ing samêngko //

lunga mring pasar laju / kang tinuju sêdyanirèng kalbu / milang-miling nèng pasar wruh kêthu abrit / tyase kèlu nuli tuku / kêthu abang nganggo gombyok //

tumuli nganggo kêthu / yèn dinulu kaya uwong Indhu / kêthu miring gombyoke amobat-mabit / mlêbu warung tuku gêthuk / linggih salu ting garênjot //

sawise kluyar-kluyur / maring warung jajanan andulu / sêga iwak sate gule lawan bakmi / dhuwite banjur diêdum / prêsabên marang sing dodol //

samôngsa mêngko aku / têka mrene mangan ana warung / nora susah aku pijêr ambayari / karo yèn mitraku milu / mangan kene aja omong //

yèn sira arêp tutur / lah kôndhaa yèn wong mlêbu warung / anggêr nganggo kêthu abang gombyok langking / nora usah bayar tuku / apa kang pinangan ing wong //

kang dodol amituhu / awit uwis nômpa dhuwit mau / nuli lunga gêgancangan dènnya mulih / têka ngomah wanci surup / nèng salu ngaso galoso //

mitrane padha wêruh / nuli samya têka ting garubyug / ana ingkang têtakon lah saka ngêndi / dene têka wanci surup / banjur galosor nèng kono //

Si Amad nuli tutur / lah ta kene suk-sukan alungguh / saanane ngombe wedang lan sinambi/ omong-omong lamun mathuk / Si Amad banjur angobrol //

mulane aku mau / gêgancangan kêbat gonku mlaku / awit mêntas antuk sasmitaning kaki / tinggalane kaki buyut / kêthu abang nganggo gombyok // (Badhe kasambêtan)

Pak Jaya, Pajawaran, Banjarnagara.

--- 652 ---

Kawontênaning Têtiyang ing Indhonesia

Ing Kajawèn nomêr 40 tuwin nomêr 41 sampun ngêwrat gambar-gambar kawontênaning bôngsa ing Indhonesiah, ingkang dipun pitongtonakên wontên Pacific Congres ing gêdhong musium ing Batawi. Sarèhning gambar wau kathah, amila botên sagêd dipun êwrat sadaya, namung mêndhêt saprêlunipun kemawon. Dene kawontênaning gambar ing ngriki, katranganipun namung kadamêl cêkakan kados ungêl-ungêlan ing sangandhap utawi sasisihing gambar.

[Grafik]

Golonganing bôngsa Dhayak jalêr èstri mangangge warni-warni, ing sacêlakipun ngriku dipun wontênakên griya kados caranipun ing tanah Dhayak. Mirid wujuding papan tuwin wujuding tiyang, bôngsa Dhayak punika sampun kagolong sugih kagunan, saya manawi mirid yasanipun dêdamêl, kenging dipun wastani sae.

[Grafik]

Prajurit bôngsa Dhayak. Para maos kados sagêd anggalih piyambak dhatêng kawontênaning tiyang wau, badanipun katingal kêkêr. Dene mênggahing dêdamêl-dêdamêl Dhayak punika misuwur, tosanipun sae, awis-awis tosan ingkang nyamèni tosan Dhayak, mila dêdamêlipun dados pilihan. Saking ujaripun tiyang ingkang sampun nate sumêrêp, pêdhang Dhayak punika manawi kangge mêdhang gulu, sapisan sagêd tatas.

--- 653 ---

[Grafik]

Legong Bali, punika sawênèhing têtingalan ingkang nêngsêmakên, kathah para mriksani ingkang ngalêmbana dhatêng saening jogèdipun, inggih punika tandang tuwin polatan, punapa malih grêgêt sautipun ki dhalang, karaos grêngsêngipun.

[Grafik]

Prawan ing Lampung, punika ugi dados ucap-ucapanipun para ingkang sami mriksani, awit kajawi sae saha anèhing pangangge, ugi sagêd anjogèd, sanadyan jogèdipun namung andhaplang, nanging katingal parigêl anêngsêmakên.

--- 654 ---

Waosan Lare

Sadulur Tunggal Suson

XII. Orêge arêp pêpêrangan

[Pangkur]

gênti kocap ing nagara / ing saiki uwis wiwit katitik / uwong-uwong padha bingung / awit para kawula / rada ewuh milu kana kene luput / môngka ing kono wis cêtha / golongane têlu iji //

siji kangjêng ratu garwa / ing dhisike karo nayaka nunggil / banjur misah ora mathuk / awit para nayaka / padha duwe niyat dhewe arêp unggul / pêcah dadi pirang-pirang / kuwi golongan sing siji //

sijine ing kapatihan / iya duwe golongan nanging ringkih / awit sasate disatru / karo wong sanagara / ing mulane ki patih mung thênguk-thênguk / ora niyat aduwea / pikiran sing ora bêcik //

kocapa ing dhèk samana / Palih uwis sowan jêng pramèswari / nalika sowan didangu / lakune nyang patihan / Palih matur kula nuwun inggih sampun / pun patih namung sandika / ambiyantu têmbe wingking //

kangjêng ratu angandika / ing ketoke apa ya dhangan Palih / Palih matur lan angguyu / sakawit sajak susah / manahipun katawis yèn namung lumuh / nanging dangu-dangu lêga / dening èngêt kangjêng gusti //

malah lajêng sajak muntab / brêngosipun kêtingal dipun plintir / agumujêng kangjêng ratu / karo alon ngandika / biyèn mula pancèn trêsna mênyang kulup / kono kangjêng ratu uga / bangêt karênan ing galih //

Palih nuli rêrikatan / nyuwun pamit kasusu ditimbali / awit ana dhawuh prêlu / saka bupati jaba / wise mundur tumuli sowan ambacut / mênyang dalêming nayaka / Radèn Mênggung Surawani //

ing kono sajak katara / dara mênggung kurang rêna ing galih / dhèk Palih ketok malêbu / êmung tansah disawang / tanpa kêdhèp sapolahe tansah ditut / Palih nganti kalincutan / tumungkul anggone linggih //

lan didangu sajak ewa / aku uwis ngrêti karêpmu kuwi / ana apa kowe mlêbu / yèn nganti kopindhoa / mêsthi bakal kalakon pêdhot gulumu / hara manèh lakonana / yèn nyata wong lanang wani //

Palih ing batine samar / nanging barêng uwis dawa dipikir / ing batin malah angguyu / dene ora angira / yèn dhèwèke ngawula ing dara mênggung/ sing pancèn mungsuhe lawas / tumuli mangsuli lirih //

anggèn kula katimbalan / punapa mung prêlu dipun dukani / lan manawi sampun rampung / tumuntên kalilana / mak kêcêmut angandika dara mênggung / apa kowe pancèn nantang / tuman dhêmên disrêngêni //

kocapa ing dhèk samana / krungu ana suwara pating jlêrit / wong malaku pating grudug / nuli ana wong sowan / prêmbèh-prêmbèh lakune bangêt kasusu / barêng dinyatakke cêtha / punggawa saka pasisir //

lapur ana prau têka / uwis cêdhak cacah rongpuluh luwih / wis mêsthi prauning mungsuh / radèn mênggung anggragap / uwis ngira mêsthi pangeran sing rawuh / nuli tata-tata budhal [budha...]

--- 655 ---

[...l] '/ nyatakake nyang pasisir //

barêng uwis ketok cêtha / nuli dhawuh alirih mênyang Palih / Palih ayake gustimu / apa kira ya bisa / bali mrene lan manèhe wani ngrêbut / Palih iya milu nyawang / karo alon amangsuli //

manawi pangintên kula / mokal sangêt upami sagêd mriki / lêrês saking wartosipun / têtiyang dagang layar / sapunika sasat sampun dados ratu / nanging yèn niyat mrikia / kados-kados taksih ajrih //

Surawani tansah ngêdhap / satêmêne ing batin tansah eling / ature wong sing diutus / baline apratela / kaananing kamurahan gawe gumun / lan manèh kangjêng pangeran / panggalihe luwih bêcik //

mungguh warta sing mangkana / satêmêne gawe bingunging ati / yèn tênan pangeran nglurug / sapa sing mapagêna / awit nyata saiki wis padha kisruh / nanging ing sabisa-bisa / iya arêp angajangi //

lan kono têtela cêtha / yèn ing Tanjunggunung mung Surawani / sing wani mapage mungsuh / dadi patut duwea / kaluhuran pirabara dadi ratu / kono banjur anjanggirat / adhêdhawuh mênyang Palih //

mung kowe Palih sing bisa / lan wis patut yèn ta kowe tak kanthi / dadia bau têngênku / wis Palih aja samar / kuwanènmu sing bakal anjunjung luhur / aja padha mikir kônca / sing atine padha jirih //

wis ayo dhawuhna dandan / pancèn aku sing kuwat anadhahi / ing têkane mungsuh mau / manèh saiki uga / yèn karêpku bêcike jumênêng ratu / kowe Palih sing tak angkat / têtêpa sing dadi patih //

lah ing kono sanalika / saka daya kang gêdhe Palih lali / iya banjur gêlêm nurut / lan padha sanalika / ana kono têtêpan Palih lan ratu / banjur padha tata-tata / mapagake mungsuh sêkti //

gênti kocap kapatihan / saungkure Palih kiyai patih / tansah amêmikir nglangut / supayane kapenak / nagarane bisa têntrêm sayuk rukun / aja nganti ana sabab / lêlakon kaya sing uwis //

tumrap kraton uwis gampang / prakarane uwis tanpa balung ri / mung kari para tumênggung / priye bisane tata / nanging barêng saiki ki patih krungu / yèn wonge padha sulaya / banjur mandhêg makewuhi //

nanging wong ati prasaja / salamête tansah bae numusi / kabèh nayaka sing pitu / sing padha ambalela / lan bangêt ing gêthinge lan patih mau / êmbuh jalarane apa / padha sowan brêbês mili //

kabèh padha asrah tobat / lan prasaja saiki uwis eling / kyai patih mung andhingkluk / karo alon ngandika / kang mangkono ora liwat aku sukur / dene kowe eling padha / pangeran anguningani //

mungguh barênging carita / wis warata yèn ana mungsuh sêkti / arêp têka Tanjunggunung / Surawani kang mapag / lan saiki wis jêjuluk jênêng ratu / Palih patih anom brêgas / mung cêdhak tansah dikanthi //

ki patih tansah anggagas / yèn mêtua apa karêpe Palih / dene palêncat-palêncut / rak jênêng ora gênah / mêngko priye yèn mungsuh gustine iku / bakale ora karuwan / yèn tiwasa salah siji //

banjur dhawuh tata-tata / abarisa pêndhêm mung angêdohi / awit yèn dipikir galur / jênêng padha wong liya / kana mungsuh lan kenene iya mungsuh / arêpa mati gêmpuran / padha ati anom wani //

--- 656 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Palapuranipun Petruk dhatêng Garèng, Bab Anjênêngi Pista ing Jendral Motor ing Tanjungpriuk

[Grafik]

Petruk : Rungokna, Rèng, tak dongèngi anggonku anjênêngi pistane Jendral Motor ana ing Tanjungpriuk lagi dina Saptu kang kapungkur kiyi. Jam 9 esuk aku anjujug ing kantor redhaksi layang kabar Keng Po ing Batawi, prêlune angkatku mênyang Tanjungpriuk dadi ana sing andhèrèkake, e, nas, ana kancane. Jam 10 thèng, otone Jendral Motor wis têka mêthuk, aku kanthi didhèrèkke, e, kliru manèh, wong arêp ngomong dikancani, dening dhirèktur Keng Po lan redhaktur loro, sing siji sobatku Si Culik, tumuli munggah ing oto, sumêdya têrus budhal mênyang Tangjungpriuk. Lakune ana ing dalan, ora prêlu tak caritakake ing kene, mung saêbab sing kudu tak kandhakake, yaiku: sadalan-dalan irungku tansah mêgar mingkup, awit anggonku tansah nahan ambêkan, nganti mèh bae ambêkanaku nglairake mêngkene: so long, Truk (so long Troek) mungguh têgêse: kèri slamêt, Truk. Hla, apa mèmpêr, gênah sing nitihi dara-dara saputu têkuk ngene, supire le nglakokake otone rikate kaya wong sing lagi mêndêm kêcubung kae, apa rumasane aku sakônca gêlêm dibênum dadi ajudane, anggone dhèwèke arêp turne ngambah sirotol mustakim. Nèk aku: trimakasih banyak sèh, aku durung warêg anggonku ngrasakake kanikmataning donya, dadi nèk dikon oncat saka jaman phana mênyang jaman baka, kuwi sabênêre aku durung pati sêmranthal. Wis, wis, kok banjur gèsèh sing dirêmbug. Tak banjurne caritaku. Kira-kira jam 10.30 aku sakônca wis têkan ing pabrike jendral motor, lan ana ing kono dipêthukake dening para punggawaning pabrik, kang padha ngucap mangkene: wèlkêm - in - owêr - plèn jèntêlmin (Welcome in our plant, gentlemen) mungguh têgêse: miturut omonge Culik: ngaturakên pambagya rawuh panjênêngan ing papan kula ngriki, tuwan-tuwan. Kônca-kancaku banjur manthuk, aku banjur enggal-enggal mèlu manthuk, dhêkluk. Sauwise salah sawijining punggawa mau banjur pitakon mênyang dhirèkturing Keng Po: Yu a... (You are..) têgêse: panjênêngan... sing ditakoni banjur mangsuli: ai-èm-dê-mènè-jêr-oph-Keng [ai-èm-dê-mènè-...]

--- 657 ---

[...jêr-oph-Keng] Po (I am the manager of Keng Po) sabanjure banjur takon marang sobatku Si Culik, culik amangsuli: ai-èm-dê-èdhitêr - oph - Keng Po (I am the editor of Keng Po) krungu wangsulane kônca-kônca mau, ing batin aku anggagas mangkene: E, dadi nèk manager kuwi dhirèktur lan editor kuwi redhaktur. Dilalah, aku lagi anggagas mêngkono mau, punggawa pabrik ujug-ujug dêlêngake nyang aku. Durung nganti dhèwèkne pitakon, kanthi gugup aku banjur mangsuli: idem Bale Pustaka. Sauwise mangkono punggawa mau banjur kôndha mangkene: go - sêtrit - on - tu - dê -sorum - jèntêlmin (Go strait on to the showroom, gentlemen) jarene kuwi têgêse: tindak lajêng kemawon dhatêng kamar padhasaran, tuwan, tuwan. Kônca-kancaku banjur mangsuli: ol - rait (All right) aku iya banjur mèlu bae muni: arit. Satumêkane ing kamar padhasaran, kang wus disadhiyani kursi pirang-pirang, minôngka palênggahane para tamu, aku sakônca banjur padha mapan linggih. Ing kono wis ana redhaktur-redhaktur sing padha têka, yaiku para redhakturing layang-layang kabar, Sin Po lan Perniagaan. Ora antara suwe tamu-tamu liyane padha têka kabèh, yaiku para redhaktur Walônda saka Batawi, Bandhung, Ngayogya, Sêmarang lan saka Surabaya. Sauwise para tamu padha kumpul kabèh, banjur padha diaturi mênyang rèsturane pabrik, prêlune padha diaturi ngunjuk-ngunjuk, ana sing ngunjuk anggur, ana sing ngunjuk bir, sarèhning aku kiyi dadi dhayohe wong bôngsa Amerikah, sabisa-bisa aku kudu gawe sênênging tuwan rumah. Aku krungu, yèn Amerikah kuwi sawijining nagara kang nglarangi kawulane ngombe inuman kêras. Mulane barêng aku ditawani arêp ngombe apa, wangsulanaku iya: Ai - won - e - glas - op -limun - sê (I want a glass of limoen, sir) mungguh têgêse: kula nyuwun limun, tuwan. Nanging sanyatane kalasamono aku kèlingan piwulange guruku sing aku ora ngandêl babarpisan, yaiku jarene: jagad kuwi mubêng, nèk aku nganti ngombe bir, ing môngka ngombeku nganti kêladuk, aku kuwatir, yèn wusanane aku banjur nêksèni dhewe, yèn jagad kuwi mula nyata mubêng têmênan. Ing sarèhning aku, saiki iya êmoh, besuk iya êmoh, prêcaya marang ubênging jagad, mulane aku iya mung nrima ngombe limun bae. Sauwise para tamu mau rampung anggone padha ngunjuk, banjur padha diaturi mriksa kaanane kantore kono. Wah, Rèng, pranatane nyambut gawe ing kono mula ya brêgas têmênan, upama kowe kalakon bisa nêksèni dhewe, saking gumunmu, kiraku sanadyan ana lalêr rong losin lumêbu ing cangkêmmu, saking lalimu bisa uga banjur kok krêmus, kok anggêp bongko bae. Linggihe para punggawane kuwi padha atharik-tharik, salarik-larike ana wong lima utawa nêm, ing môngka nganti ana sèkêt utawa suwidak larik, kabèh mau padha ngungkurake kamare panggêdhene, dadi sing dadi panggêdhe, samôngsa-môngsa bisa tansah ngawasake kabèh punggawane, kang ora bisa kawêruhan dening wong-wong sing lagi diawasake mau. Mulane panyambutgawene

--- 658 ---

para punggawa iya padha sêngkut bangêt, ora pijêr-pijêr tungkul ngrokok utawa nisil kacang kaya ing kantor liya-liyane. Saka kono para tamu kabèh mau padha lumêbu ing kamare dhirèkturing pabrik, prêlu nôndhatangani jênêngane dhewe-dhewe ana ing buku tamu kang disadhiyakake ana ing kamar kono. Ing tembok kono ana gambare kabèh dhirèkturing pabrik Jendral Motor ing saindênging jagad, sing dadi gumuning para tamu kabèh, ya kuwi sing dadi presidhène Jendral Motor sajagad kiyi, miturut caritane, nalikane taun 1918 mèh bae mati kalirên sabab saka kamlaratane, ananging sajêroning 10 taun bae, wis bisa olèh pangkat kang gêdhe bangêt pangaruhe lan sahohah blanjane, nanging wong iya nyara Amerikah, kuwi seje nèk dipadhakna kene, ing kana kuwi ora migatèkake bangêt marang dhiplomah, lan ora migatèkake marang turunan. Pathokane mung; sapa sing pintêr, ya sing mumbul drajate. (Badhe kasambêt)

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Pakêmpalan Muhamadiyah pang Surakarta, wiwit wulan punika ngêdalakên kalawarti wulanan basa Jawi kangge lare-lare, kanamakakên: Swara Siswa Praya.

Sawênèhing kondhèktur S.S. nama Sastrawijaya, nalika anglampahi wajib wontên salêbêting sêpur dhatêng Bandhung, ambikak kintunan bêstèl gud saha amêndhêt isinipun, wusana kasumêrêpan ing pulisi lajêng dipun cêpêng.

Wontên bôngsa Tionghwa gêgriya ing wana sacêlakipun kabudidayan Silau Doenia Sumatra, dipun cêpêng ing pèl pulisi jalaran damêl arak pêtêng. Ing griyanipun pinanggih kètèl pirantos damêl arak langkung sakawan dipun kurung ing tembok, tatananipun sae sangêt. Arak ingkang dipun bêslah wontên 1850 litêr, arak sampun dados tuwin wontên 44 tong uwos ingkang dipun ragèni, sadaya wontên 17500 litêr. Pamêdaling arak ing ngriku sadintên 50 blèg, 1 blèg rêgi f 18.- waragadipun f 6.- dados angsal bêbathèn f 12.- nanging ing dalêm kalih wulan, ingkang 14 dintên botên damêl arak, prêlu ngabêni. Dados ing dalêm kalih wulan, ingkang 46 dintên sampun sagêd gadhah bêbathèn f 27.600-. Wontên dakwa kalih ingkang kacêpêng, sanèsipun sami lumajêng.

Mêsin mabur marinê saking nagari Walandi cacah 2 iji sampun dumugi ing Tangjungpriuk, mêsin mabur wau pancènipun tiga, nanging ingkang satunggal manggih kasangsaran wontên ing Bahdad, jurunipun anglampahakên nama Everts tiwas. Dene satunggalipun malih D. 23 wontên ing margi tansah rèwèl prakawis mêsin, lan sarêng dumugi Tanjungpriuk nalika badhe bidhal dhatêng Surabaya, mêsin mabur wau kêbêsmi babarpisan. Dene jalaraning kêbêsmi, nalika mêsin mabur wau dipun isèni bènsin lajêng murub, sababipun dèrèng kasumêrêpan, nanging kakintên jalaran saking èlèstrik kontak. Bènsin ingkang dipun isèkakên wontên 1500 litêr. Nalika sawêg kêbêsmi, wontên pompa-pompa ingkang dhatêng têtulung, nanging tanpa damêl, wusana latu ngantos sirêp piyambak.

Kala ing dintên Sênèn kêpêngkêr, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral sampun bidhal nitih mêsin mabur saking Cililitan, bidhal jam 7.45 dumugi Sêmarang jam 10.50.

Benjing tanggal kaping 4 wulan Juni ngajêng punika Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogya badhe ngutus pangeran kêkalih dhatêng Surakarta, prêlu mêthuk badhe pangantèn Bandara Kangjêng Pangeran Arya Jatikusuma, ingkang badhe dhaup kalihan rayi dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan. Benjing dhauping pangantèn ing karaton Ngayogya badhe mawi pasamuwan dhansah tuwin ringgit tiyang.

Kala ing dintên Jumungah tanggal kaping 17 wulan punika, Tuwan v.d. Stadt sèp apdhèling kas Factorij ing Batawi dipun pistul ing punggawanipun bôngsa Ambon, rahayu pistul dipun sêntil ngantos kaping kalih botên mungêl sadaya. Tiyang ingkang mistul lajêng dipun cêpêng, dene sababipun prakawis pasulayan padamêlan.

--- 659 ---

Gêgayutan kalihan ebahing jaman, sêpur N.I.S. badhe nyantuni cirining grêbong sêpur ingkang mungêl: inlandhêr, dados: klas murah.

Kursus pangajaran rakyat ing Ngayogya mangsulakên lare-lare ingkang badhe malêbêt dados murid, amargi dèrèng ngumur 18 taun, lare-lare wau kaprayogèkakên malêbêt kursus sanèsipun.

Wontên pawartos, benjing tanggal 22 dumugi 24 Juni pakêmpalan padpindêr I.N.P.O. badhe damêl konggrès ingkang kapisan wontên ing Ngayogya.

Ing sacêlakipun Jatirata, Jêmbêr, mêntas wontên bikakan griya sakit gadhahanipun H.V.A griya sakit wau kaperang dados kalih, satunggal kangge nyadhiyani tiyang siti wontên 254 panggenan, dene ingkang saperangan kangge bôngsa Eropah. Wiyaring pakaranganing griya sakit wau 20 bau, waragading pandamêlipun f 500.000. Sintên kemawon kenging jêjampi ngriku.

Dumugi wêkasaning wulan Pèbruari kêpêngkêr, wontênipun têtiyang ingkang kasingkirakên manggèn ing Dhigul 2101, ingkang 1124 jalêr, 450 èstri tuwin 527 lare. Wiwit wulan Marêt 1927 dumugi Pèbruari 1929 wêwah bayi 64, ingkang ngajal 47.

Wontên pawartos, salowongipun pangkat gupêrnur ing Jawi Kilèn, ingkang kaajêngakên dados calon Tuwan Gesseler Verschuur residhèn Priyangan têngah, tuwin Tuwan Hartelust residhèn Priyangan wetan.

Sinyal sêpur ing sêtatsiun Tugu, Ngayogya. Mêntas kasumêrêpan botên sagêd ebah. Sarêng katitipriksa ing rodha tuwin rantenipun pinanggih wontên selanipun. Pulisi angsal katrangan bilih saking pandamêling lare ingkang sawêg umur 8 taun, kintên-kintên dipun êkèn ing tiyang sanès, wusana pinanggih malih ugi kados makatên sinyal ing Lêmpuyangan, Sala tuwin Kalathèn.

Murid-murid pamulangan kriya ing Ngayogya ingkang sami lulus saha dèrèng angsal padamêlan, sami angsal pitulungan padamêlan saking pakêmpalan Astagina ing Bantul, sanadyan balanjanipun botên sapintêna, nanging sampun nama pitulungan agêng.

Kapal Inggris nama Nerite ingkang nuju wontên dhog ing Surabaya kêbêsmèn. Nanging lajêng sagêd kêtulungan ing pompa motor, salêbêtipun 25 mênit sagêd sirêp.

Wiwit tanggal 17 wulan punika, Tuwan Mr. J. Visser guru Osvia katêtêpakên dados dhirèkturipun pamulangan wau.

Ing pakunjaran Cipinang wontên pasakitan tiyang Surabaya badhe soroh amuk nêmpuh pasakitan tiyang Tobah mawi dêdamêl landhêp, rahayu lajêng kêtututan kenging dipun cêpêng. Tiyang ingkang dipun têmpuh nandhang tatu kabêkta dhatêng griya sakit.

Kawartosakên badhe rawuhipun sri narendra ing Siyêm dhatêng tanah Jawi, badhe mampir Singgapura, dene rawuhipun ing tanah Jawi wontên ing wulan Juli, dèrèng cêtha tanggalipun.

Benjing tanggal 5 wulan Juni ngajêng punika, wanci jam 9 enjing, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral badhe lênggah odhènsi wontên ing pura konêngsêplèin, sintên ingkang badhe sowan, sadèrèngipun tanggal 31 wulan punika kêdah gadhah atur dhatêng ajudan pandhinês, kanthi pratelaning nama ingkang têrang, tuwin prêlunipun anggèning sowan wau.

Wontên dhawuh wara-wara saking gupêrnur Surakarta ing bab tatanan panyêgahing kêbêsmèn ing patêbon. Inggih punika: tiyang wontên salêbêting patêbon utawi sacêlakipun botên kenging sês utawi ambêkta barang ingkang murub, ingkang sakintên sagêd anggampilakên dados jalaraning kêbêsmèn. Tumrap patêbon ingkang sampun dipun rêmbang, kengingipun tiyang ambêsmi rapak namung wiwit jam 6 enjing dumugi jam 11 siyang. Nanging sadèrèngipun ambêsmi, manawi cêlak patêbon ingkang dèrèng dipun rêmbang, ing antawisipun ngriku lêt 10 mètêr kêdah dipun rêsiki rumiyin.

Nalika ing dintên Jumuwah Kliwon, tanggal kaping 17 wulan punika, ing dhusun Sidayu Gombong wontên tiyang nama Nawintana, gadhah anak jalêr, watawis ngumur 2 taun, nalika sawêg dipun sêsêpi kalihan biyungipun wontên sangandhaping wit klapa, dumadakan sirahipun kêdhawahan cêngkir, têrus dados ngajalipun (K. 3705).

Pawartos dagang ing Batawi. Glêpung gandum cap mangkok êmas f 4.25, cap jalak tuwin raja laut f 4.30, cap kodhok f 4.50, sami ing dalêm sawadhahipun. Gêndhis pasir sapikul f 10.30. Lisah klêntik O.F. Hap Goan, cap lintang Archa No. 1 tuwin O.F.I. f 5.50, Archa pasagi f 4.55, Ciamis f 7.75. Uwos gilingan wêdalan Krawang pantun wulu miturut prajanjian Mèi Sèptèmbêr kasade f 8.90, uwos Cêmpa f 7.50. koprah Java F.M.S. rêgi f 12.-

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 2937 ing Cipinang. Wiwit 1 Mèi '29.

Lêngganan nomêr 3766 ing Karangasêm. Pos wisêl f 3.50 sampun katampèn.

Lêngganan nomêr 2763 ing Tanjungmorawah (Medhan) sampun kêrêp. Malah langkung f 0.50 tumrap taun 1930.

Lêngganan nomêr 3225 ing Karangpucung. Sapunika sampun kêrêp. Panjênêngan botên badhe nampèni Kajawèn dhobêl malih.

--- 660 ---

Wêwaosan

Pêpisahan 27 Taun

Karanganipun Mw. Atmawinangun ing Jatilawang, Purwakêrta.

32.

Jam pitu.

Wong lagi jam pitu têka arêp mangan.

Jare arêp tindak mênyang Bootstraat ngrawuhi pêrgadring ing sositit.

O, iya, têka arêp lali.

Dhoktêr Atmadi lajêng nêdha sarêng kalihan ingkang èstri, sarêng sampun rampung nuntên bidhal badhe andhatêngi pêrkadring ing soitit, ing Bootstraat, inggih punika pêrkadringipun para sêtidhèn-sêtidhèn, jam kalih wêlas dalu wangsul, têrus mapan tilêm, tamtu kemawon ing sadangunipun lumampah, inggih mangkatipun, inggih wangsulipun, pikiranipun dhoktêr Atmadi tansah anggagas dhatêng tiyang ingkang kapratelakakên ing sêratipun Prang wau. Kala wontên ing pêrgadring samantên ugi, mila inggih mèmpêr kemawon bilih piyambakipun botên sumêrêp lan botên cêtha dhatêng rêmbag-rêmbag ingkang kalairakên wontên pakêmpalan wau.

Dhoktêr Atmadi têrus mapan tilêm, nanging tansah klisikan kemawon, malah botên dangu lajêng mêdal saking ing kamaripun, linggih ing kursi malês ingkang dumunung botên patos têbih saking meja dhahar. Watawis lêt gangsal mênit ingkang èstri nusul, kalihan nyèrèd kursi atakèn, têmbungipun: Apa ora arêp sare, mas.

Dhoktêr Atmadi mangsuli: Bênêre kapengin bangêt, nanging kapriye manèh wong ora bisa.

Sababe apa.

Ora liya, iya prakara dhèk mau kae.

Dene banjur mêtu, sanajana ora bisa sare rak bêcik sarean bae, kanggo ngasokake sarira, nglêrêmake panggalih.

Bênêre mangkono, nanging tumrap aku jêbul dadi kosokbali, barêng turon pikirku ora dadi lêrêm, malah dadi ora karu-karuwan. Anane aku tangi iya mangkono kuwi sababe, malah sajroning têturon têka banjur katonên: ing kana-kanane kaya-kaya bapak kapapanake ana kamar kang mawa ruji wêsi, dhewe ora ana kancane, rina wêngi lawange dikancingi nganggo dijaga saradhadhu, pangan mung kaulungake saka jaba bae. Ing pangrasa awake rusak bangêt, guwayane pucêt, sadhela-sadhela ngundang-undang jênêngku kambi nangis. Hêm, saupama têmênan kaya mangkono, adhuh...

O, ya aja digalih nêmên-nêmên mas, prakara kuwi, saya manèh saiki wis dumunung ana wêwêngkone dhoktêr Prang kang pancèn paham mênyang prakara lêlara mangkono, dadi kamas mung wajib bungah bae, kang prêlu nyênyuwun supaya kene lan kana padha ginanjar slamêt, bisaa ing têmbe padha katêmu kanthi ora kêkurangan sawiji apa.

Jajal jupukna buku gêdhe kang ana meja tulis kae, dak wacane kanggo nyênylimur.

Ingkang èstri botên suwala, enggal kesah dhatêng kamar panyêratan, botên dangu wangsul malih, buku kaulungakên dhatêng ingkang jalêr, sasampunipun dipun tampèni lajêng mapan linggih wontên kursi ingkang dipun linggihi waunipun, sirah tumungkul katumpangakên ing tangan, sêdyanipun botên badhe tilêm, nanging dilalah têka lajêng katilêman. Botên beda dhoktêr Atmadi piyambak, sasampunipun maos sawatawis dangu ugi lajêng katilêman, buku uwal saking tanganipun botên kraos, gumêbrug dhawah ing plêstèr ugi botên mirêng, lah makatên ngantos dumugi enjing, anggènipun sami tilêm sami kêtingal sakeca sangêt.

14. O, anakku...

Wiwit tampi sêrat saking dhoktêr Prang ingkang kaajêng-ajêng dening dhoktêr Atmadi botên sanès kajawi namung wêkdal pungkasaning pasinaonipun, raos kapengin sumêrêp dhatêng tiyang ingkang sakit ewah, ingkang ing wêkdal punika karimat dening dhoktêr Prang, saya dangu saya sangêt. Kados sampun limrah, wêkdal ingkang pancènipun ajêg, trêkadhang rinaos ewah dening tiyang ingkang nglêrêsi gadhah têtanggêlan prakawis, ngadat manawi prakawis wau ambingahakên... dados dangu, kosok-wangsulipun manawi nyusahakên... dados enggal. Botên beda tumrap dhoktêr Atmadi amargi gadhah têtanggêlan prakawis, mila gadhah raos bilih wêkdalipun dados dangu, panjanging dintên rinaos mindhak kathah katimbang kalihan adat sabênipun, asring-asring doktêr Atmadi ngêsah ingkang jalaran saking prakawis wau. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 43, 19 Bêsar Taun Alip 1859, 29 Mèi 1929, Taun IV

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [661] ---

Ôngka 43, 19 Bêsar Taun Alip 1859, 29 Mèi 1929, Taun IV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêphrèdhên.

Sawangan ing Talaga Ngêbêl, Panaraga, ing Wanci Sontên

[Grafik]

Sasmitaning hyang arka ngoncati / ungak-ungak nèng sêlaning mega / mulat jagat saisine / pêtêng saya manaput / lir amboyong cahyaning ari / kang kalêson ing siyang / têmah tidhêm têdhuh / amung santosaning arga / kang nyaguhi rumêksa mring ganing ratri / mrih dinohan rubeda //

--- 662 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja, Ind. Arts ing Kudus

Sambêtipun Kajawèn nomêr 42.

Puhaning lêmbu punika botên beda kalihan toya susu tiyang, kadadosan saking pêthaking tigan, sarêm, gêndhis lan gajih, namung bageyanipun pêthaking tigan lan sarêm langkung kathah tinimbang ingkang wontên ing toya susu tiyang. Nanging bageyanipun gêndhis lan gajih kirang.

Puhan lêmbu ingkang sae warninipun punika pêthak sulab biru, manawi kadêmèk plikêt, ambêtipun gurih raosipun ragi lêgi, manawi mêndhêt satètès kacêmplungakên ing toya lajêng kêlêm, lan manawi katètèsakên ing kuku sagêd bundêr.

[Grafik]

Patrap ningali awon saening puhan.

Puhan lêmbu ingkang badhe kaombèkakên lare alit punika kêdah kagodhog rumiyin, lan kaêjogan toya, sabên toya susu 100 gram, melksuiker 1 sendhok tèh, patrapipun makatên:

1. Salêbêtipun 3-4 dintên ingkang kawitan puhan ¼ toya (tajin) ¾.

2. Salêbêtipun minggu ingkang kapisan puhanipun 1/3 toya 2/3.

3. Salêbêtipun minggu kaping kalih, kaping tiga lan kaping sakawan, puhan toya kadamêl palihan.

4. Salêbêtipun wulan ingkang kaping kalih lan kaping tiganipun, puhan 2/3 toya 1/3.

5. Salêbêtipun wulan ingkang kaping sakawan lan kaping gangsal puhan ¾ toya ¼.

6. Salêbêtipun wulan ingkang kaping nêm lan kaping pitu, puhan murni.

7. Bayi umur 8-9 wulan adatipun sampun mêdal untunipun, punika sampun kenging nêdha bubur utawi pisang. Bayi ingkang sampun umur 10-11 wulan kenging nêdha bubur utawi sêkul lêmês kalihan duduh daging utawi toya sop tuwin sapanunggilanipun.

Prayoginipun kêdah gadhah gêndul lan dhot ingkang kathah, lan manawi badhe kangge kêdah dipun rêsiki rumiyin mawi toya matêng.

Manawi ngombèkakên gêndul wau kêdah dipun cêpêngi, upami larenipun pinuju lumah-lumah

--- 663 ---

botên kenging gêndulipun namung dipun galethakakên kemawon. Sisaning puhan ingkang wontên ing gêndul, jalaran botên têlas dipun ombe, punika kêdah dipun bucal kemawon.

Patrap angrêsiki gêndul lan dhot ingkang kula aturakên wau kêdah dipun èstokakên, manawi gêndul lan dhot botên rêsik saèstu punika sagêd anuwuhakên sakit wêtêngipun lare lantaran wêtêng mulês, lare tansah nangis kemawon.

Wontên ugi lare sakit wêtêng jalaran saking toyanipun susu biyung. Ing môngsa nêsêpi punika, biyung pancèn kirang sae, saupami: kêkathahên nêdha pêdhês, sangêt sayah, susah manahipun, saya malih manawi biyung piyambak pancèn sawêg sakit. Ananging lare sakit wêtêng ingkang jalaran nêsêp biyungipun piyambak punika langkung awis tinimbang manawi dipun dhot.

Lare alit ingkang sakit wêtêng mawi nuntak-nuntak lan mèncrèt, punika prayogi kapriksakakên dhoktêr, manawi botên sagêd enggal katulungan dhoktêr prayogi dipun pêdhot anggènipun nêsêp, sawatawis 24-36 jam dangunipun, gêntos dipun ombèni pêthakipun tigan. Pandamêlipun makatên:

Mêndhêta pêthakipun tigan ayam kalih iji, kaêworana toya matêng kintên-kintên sagêlas, lajêng kaubêg ing piring jêgong ngangge sendhok utawi porok, sasampunipun makatên lajêng kalêbêtna ing gêndul dhot, lan kaombèkakên dhatêng lare wau saking sakêdhik, kajawi punika inggih kenging dipun ombèni tajin.

Wêtêngipun lare wau kêdah angêt, dados prêlu dipun balêbêd ing sinjang utawi gurita, manawi lare katingal lêmês ugi prayogi dipun ombèni anggur pait, sasêndhok tèh. Kalamôngsa lare alit punika kenging sêsakit ingkang dipun wastani ''stuip'' badan-badanipun kakên, mripatipun pacicilan, molak-malik lajêng sêmaput. Sêsakit makatên wau manawi botên tumuntên kêtulungan sagêd aniwasi. Mênggah thukuling sêsakit wau ingkang limrah saking sangêting bêntèr. Dene patrap anggènipun nulungi makatên: lare wau kêdah karêndhêm toya mangêt-mangêt ing èmbèr, kintên-kintên dangunipun 5 utawi 6 mênit, sirahipun dipun siram toya asrêp. Ananging ingkang ngrêndhêm wau saenipun kêdah dhoktêr piyambak. Manawi sampun lajêng kêdah dipun kêmuli ingkang kandêl. Sanajan sampun dipun rêndhêm, saha sêsakit wau lajêng ical, ananging manawi sababing sêsakit taksih kados ta: malariya, cacingên sapanunggilanipun, inggih taksih sagêd kumat malih.

Rèhning bayi punika dèrèng sagêd wicantên utawi dèrèng gadhah panêdha punapa-punapa, upami ngêlak, luwe, badhe nêdha botên sagêd, sagêdipun namung lajêng nangis, dados tangisipun bayi punika mratandhani gadhah panêdha dhatêng biyungipun. Nanging manawi botên ngêlak utawi luwe, ing môngka nangis, punika mêsthi wontên sabab ingkang pinanggih ing badanipun bayi. Manawi wontên bayi ingkang makatên punika, pun biyung kêdah madosi punapa ingkang anjalari nangis. (Badhe kasambêtan)

--- 664 ---

Bab Rajakaya

Kasarasaning Kewan

Sambêtipun Kajawèn nomêr 42

Ing nagari agêng kadosdene Sêmarang, gêdhoganing kapal sampun katêtêpakên kados conto ingkang kadamêl dening gêmintê. Ing sarèhning ngriku limrahipun pasewan dhokar kapalipun kathah, dados gêdhoganipun griya lajuran, ingkang langkung sae malih kasinggêd-singgêd sacêkapipun kapal satunggal, singgêdanipun tembok, punika ugi kangge anjagi samôngsa salah satunggiling kapal ing ngriku wontên ingkang kenging sêsakit nular, kados ta: bolor, botên sagêd nular wradin dhatêng sanèsipun, utawi gampil anggènipun mêjahi wiji sêsakit ingkang kantun ing ngriku, sarta namung sapanggenan, botên prêlu sadaya dipun bongkari.

[Grafik]

Kapal-kapal wontên ing kandhang pangumbaran.

Nalika kula wontên ing ngriku wontên tiyang ingkang anggadhahi kapal dhokaran kirang langkung 90 iji. Sarêng salah satunggiling kapal wontên ingkang sakit bolor, tiyang wau botên lapur, kuwatos gêdhoganipun dipun tutup, kapal-kapalipun botên kenging mêdal, dados ingkang sakit kadhêlikakên nganton [nganto...]

--- 665 ---

[...n] sapêjahipun, nanging lêt sawatawis dintên wontên ingkang sakit malih. Sarêng ingkang pêjah sampun wontên 16 iji, sawêg lapur. Kapal sanèsipun tumuntên kapriksa sarta kathah ingkang kapanggih sakit. Kajawi nularipun saking magêpokan utawi linta-lintuning pirantos ingkang kangge ing ngriku, gêdhogan tilas panggenaning kapal sakit wau gêntos-gêntos dipun ênggèni kewan ingkang saras, kakintên lan botên mangrêtos yèn wijining sêsakit botên kantun ing ngriku. Makatên punika andadosakên pitunanipun piyambak, dene botên lapur utawi nêdha pitêdah dhatêng bôngsa ahli. Môngka sêsakit bolor, punika gampil sangêt nularipun, sarta botên kenging kaajêng-ajêng sarasipun. Pratikêl kangge anjagi kasarasaning kapal sanèsipun botên sanès kajawi kapal ingkang sakit wau enggal dipun pêjahi, inggih punika mêjahi wiji sêsakit ingkang kantun. Awit para ahli dèrèng sagêd manggihakên jampi lan panulaking sêsakit wau.

Dene maesa sanajan karêmênanipun wontên ing pajêblogan lan tahan dhatêng angin, ugi botên wontên awonipun yèn dalu kakadhangakên ing papan ingkang mawi payon saha kagêdhegan. Ing dhusun-dhusun sok taksih wontên kandhang kêmpalan kangge maesa, inggih punika maesa-maesa gadhahanipun tiyang sakampung ngriku kakandhangakên dados satunggal wontên ing papan ingkang namung dipun pagêri kiyat, tanpa payon, ingkang sami gadhah manawi dalu giliran anjagi. Sanajan makatên punika anggampilakên panjagèn dhatêng tiyang ingkang sumêdya awon, nyolong utawi ambacok, nanging awonipun samôngsa salah satunggiling kewan wau wontên ingkang katrajang sêsakit nular, anggampilakên nularipun dhatêng sanès, pramila prayogi kakandhangakên piyambak-piyambak. Dene manawi salah satunggiling kewan wontên ingkang sakit, tumuntên enggal kapiyambakna, kapisah kalihan sanèsipun, langkung prayogi ingkang saras kadamêlakên kandhang sanès, ingkang lami botên kangge malih, sarta enggal lapur lan nêdha pitêdah dhatêng priyantun ingkang wajib, supados kajagi sampun ngantos nular, awit kathah sêsakit kewan ingkang gampil nularipun, sarta sakitipun namung 1-2 dintên, trêkadhang namung jam-jaman lajêng pêjah. Tujunipun para ahli sampun manggihakên panyêgahing panularipun sêsakit wau sarana dipun suntik, kuciwa sawêg sabageyan.

Suryadi. Keurmeester Panaraga.

[Grafik]

Têtiyang èstri ing pulo Seram sisih kilèn dalah pirantosipun nênun, ingkang kapitontonakên ing Pacific Congres ing Bêtawi.

--- 666 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Praja Afghanistan

Tarunging dêdamêl ing praja Afghanistan, tumraping pamawas saking liyan praja kêtingal botên sapintêna ramenipun, awit mirid wontênipun pawartos tèlêgram kêtingal botên patos wontên, nanging tumrap ing nagari ingkang kablabagan, pinanggihipun pancèn taksih pêpêrangan tanpa kèndêl. Dene ing bab wontêning pêpêrangan wau yèn ta dipun petani, pinanggihipun pancèn ruwêd sangêt, awit ing ngriku lajêng kêtingal wontên adêgan kathah, nanging sarèhning mulabukanipun bab pêpêrangan punika, nyariyosakên Prabu Amanoellah, inggih punika nata ingkang kèngsêr saking prajanipun, tuwin lajêng kêtingal, bilih ingkang dados jalaran tuwuhing ura-uru punika Bacha Sakao, mila ingkang kenging kacariyosakên inggih namung sang prabu tuwin Sang Bacha.

[Grafik]

Sang Bacha Sakao ingkang nêmbe unggul ing jurit.

Prabu Amanoellah saya kêtingal grêguting galih, lan cêtha sangêt bilih linggaripun saking praja botên jalaran saking ngucira, ing sapunika malah kêtingal yèn sri nata wau satunggiling prajurit ingkang sampun kêbêk isi panggalihan wiyar, mangrêtos dhatêng ebahing praja ingkang sakalangkung wigatos. Kêtingalipun makatên wau sarêng sang prabu ngêtog kêkiyatan angrabasa kitha Kaboel ingkang sampun dipun rêgêm ing mêngsah. Tindakipun sang prabu botên nyêngka, kêtingalipun malah namung kados sasakecanipun, nanging grêmêting panêmpuh tansah kawêwahan kiyating otot bayu, inggih punika kêkiyataning wadyabala. Wontênipun kacariyosakên makatên, awit nyata kathah golongan ingkang lajêng anggolong dhatêng sang prabu.

--- 667 ---

Panêmpuhing wadya Amanoellah ing kitha Kaboel ngantos salêbêting kalih minggu. Mirid kawontênan ingkang makatên punika, atêgês wadyanipun sang prabu saya sagêd ngangsêg, nanging ugi gadhah têgês, bilih kasantosaning mêngsah ugi linangkung. Ing bab punika taksih kandhêg dados pikiran.

Mirid saking kawontênaning sabab-sabab ingkang anjalari kirang têntrêming manahipun kawula, inggih punika among dagang ical, têtanèn botên kobêr nindakakên, satêmah lajêng nuwuhakên tindak rêsah, ingkang jalaran saking prakawis ngudi kêcêkaping têdha. Punika sagêd dados sêsulak, bilih karsanipun Prabu Amanoellah angrêbat praja taksih lôngka kalampahanipun, awit kawon dhêdhasar tekad kalihan Bacha Sakao, ingkang pancèn sampun dhêdhasar purun sakit tuwin kêndêl nêmpuh dhatêng sawarnining pakèwêd.

Pangintên ingkang kados makatên punika botên lidok, sapunika kasantosaning wadyanipun Bacha Sakao saya kêtingal, campuh kalihan wadya ing jawi, inggih punika wadyanipun Prabu Amanoellah, sagêd unggul ing jurit. Kawontênan ingkang kados makatên wau tamtu kemawon lajêng adamêl orêg, ngêtingalakên asor unggulipun ingkang sami pêpêrangan, lan ugi ing sakala punika Sang Bacha kados pêpindhaning sawung kaluruk wontên ing kalangan. Ing wusana wontên pawartos, bilih wadyanipun Prabu Amanoellah kêsêsêr, saya angunduri saking têlênging kitha ingkang badhe dipun rêbat.

Sampun dilalah, mênggah lampahing jagad pêpêrangan, pundi ingkang unggul tansah angsal daya ingkang mêwahi kasantosanipun, inggih punika Sang Bacha angsal pambiyantu saking golongan Islam ingkang kêplajêng saking tanah Ruslan, amargi dipun tundhung dening kaum Sopyèt.

Ucap ing ngajêng bab asoring aslinipun Sang Bacha anaking juru ngangsu, malah angosokwangsul dados pangalêmbana linangkung. Dados têtela bilih manah prajurit punika sagêd thukul wontên ing sintên kemawon, botên mawang asor luhuring darajat. Dumugi samantên mênggah kawontênanipun praja Agfhanistan.Afghanistan.

Waosan Lare

Sadulur Tunggal Suson

XIII. Pangeran Warsaya Kacêpêng ing Prabu Surawani

[Sinom]

Mêngko gênti kacarita / lakune prau wis minggir / ombaking banyu sagara / sing nêmpuh ing parang curi / swarane gêgirisi / kaya galudhug jumêgur / lan angine kumrasak / agawe muntabing ati / sang pangeran sabalane surak-surak //

sang pangeran ora ngira / yèn sapinggiring [sa...]

--- 668 ---

[...pinggiring] pasisir / wis ana baris sing mapag / kuwat gone anjagani / ananging malah dadi / gambiraning mungsuh mau / lakune saya nyêngka / barêng wis têkan ing pinggir / bêbarêngan kabèh nuli padha mêntas //

prajurit saka nagara / ing niyate angadhangi / nanging ketok rada samar / awit ngira durung mêshi / yèn ta sing têka kuwi / apa ya têmên yèn mungsuh / wusana barêng cêtha / yèn kangjêng pangeran pati / têtindhihing prajurit rada sumêlang //

banjur lapur Ratu Sêngkan / yèn pangeran kang nindhihi / sanalika banjur muntab / angabani mênyang baris / supaya anandhingi / prajurite iya maju / mung ki patih kewuhan / awit wêruh mungsuh gusti / yèn ngantia kabanjur gawe sangsara //

mulane agawe reka / balane tansah diudi / supaya bali nèng dalan / wusana kang ngono kuwi / ratune iya ngrêti / mula bangêt gone nêpsu / banjur aba asantak / kowe kuwi priye patih / wis ta ayo kabèh padha ajokêna //

kagèt ki patih dadakan / balane diprentah wani / banjur têmpuh rêrukêtan / akèh wong tatu lan mati / kocap pangeran pati / tansah nyawang mênyang mungsuh / sing dadi tindhih sapa / barêng priksa Surawani / sanalika mak bêl bangêt gone duka //

awit èngêt dhèk nalika / nundhung bok ban gawe isin / tumuli diangsêg cêdhak / sing kêtrajang padha nisih / mak cêg dicandhak wani / tangan dipithês mak jêthut / tumuli angandika / lah tamatna sapa iki / iya aku mungsuhmu Pangran Warsaya //

aku gênah ora samar / kowe kuwi Surawani / wong kang ambêg nganiaya / biyungku ko-wêwêdèni / ya aku sing mrinani / ayo katogna budimu / ing kono sanalika / duka Prabu Surawani / sang pangeran dijêngkangke êmèh dhawah //

galayar nyat ngagsêg cêdhak / mapan Prabu Surawani / nudingi karo ngandika / ah kowe bangsaning cindhil / yèn kowe durung ngrêti / iya aku iki ratu / lah kowe arêp apa / wani-wani anyêdhaki / wis nyingkira ora patut yèn nyêdhaka //

pangeran rada anggragap / dikintên yèn ing saiki / ing Tanjunggunung wis ana / sing jumênêng anggêntèni / nanging ya ora ajrih / malah ngangsêg-ngangsêg ngêsuk / karo ngandika sora / nadyan ratu ora wêdi / awit aku ngrêti yèn ratu rêrekan //

wis ayo nuli sèlèha / yèn lumuha kowe mêsthi / kêlakon katiban pêdhang / pangeran ngunus mak sripit / gumêbyar amêdèni / Prabu Sura iya ngunus / angandika tibakna / pangeran nyabêt nywara cring / ditangkis ing Prabu Sêngkan lan ngandika //

o jênênge kowe bocah / umurmu isih sathithik / arêp ngayoni wong tuwa / sing wis warêg lêgi asin / yèn tak suduka mêsthi / ambarodholi wadhukmu / aku aja ko-kira / uwong kang loro sadhuwit / kulinaku nigasi guluning raja //

kang mangkono pancèn nyata / mungguh Prabu Surawani / nalika dadi niyaka /nayaka. pancèn rada pilih tandhing / sasat sing nyantosani / nagara ing Tanjunggunung / dadi anggone nyêngka / dadi ratu saka wani / ing têgêse iya ora pati mokal //

lan yèn tandhing sang pangeran / kapara mênang sing mêsthi / mung sarèhning lumuh pêrang / awit saka dudu tandhing / banjur ngangsêg sathithik / mung murih tumuli rampung / astane sang pangeran / digêblèg pêdhang anjondhil / pêdhang tiba banjur dicandhak kang asta //

pangran ora [o...]

--- 669 ---

[...ra] bisa obah / nuli animbali patih / ayo iki talenana / bocah bae arêp wani / pangeran kêmpis-kêmpis / karo muwun sênggruk-sênggruk / ki patih barêng têka / nalèni ya karo nangis / wis dilalah kudu ambônda bandara //

jêng pangeran durung priksa / yèn sing ambônda Dèn Palih / mung kêtungkul ngêsah-êsah / patih arêp clathu wêdi / Prabu Sura tumuli / nyêdhaki karo dhêdhawuh / aranmu isih bocah / mung kêburu wani ati / wêwêlake anèng kono rasakêna //

wise nuli dikunjara / pêrangane sirêp nuli / ing kono saya katara / yèn Sang Prabu Surawani / ketok anguwasani / ing nagara Tanjung Gunung / ing saiki kocape / bangêt susah Patih Palih / wis rumasa dadi wong gêdhe cilaka //

babarpisan ora ngira / jêbul kon ambônda gusti / atine mung krasa samar / wusana barêng ing bêngi / nyalamur Patih Palih / mênyang nagara lumêbu / sowan nyang kapatihan / dhèk samana kyai patih / nuju lênggah piyambakan nèng pandhapa //

barêng ana dhayoh têka / wis priksa yèn Patih Palih / banjur ajumênêng urmat / Palih prêk andheprok nuli / gumujêng kyai patih / bok wis kene padha lungguh / jênêng sapadha-padha / awit kowe iya patih / Palih matur o kula patih punapa //

kula sampun asrah tobat / tarimah dados pun Palih / kula ngaturi uninga / mêngsah ingkang andhatêngi / sayêktosipun gusti / jêng pangeran ingkang rawuh / êmèh kemawon tiwas / pun sedani Surawani / sapunika wontên ngrika pun kunjara //

kang ambônda inggih kula / lah punika kadospundi / ki patih alon ngandika / hara kapriye ta kuwi / kathik pating balandhit / banjur kapriye karêpmu / kuwi rada rêkasa / nganti angêntèkke pikir / wis balia ing manise wis tak tata //

Panglipur Manah

Priya Candhala

Sambêtipun Kajawèn nomêr 42.

[Gambuh]

Nyatane durung wêruh / mung sasmita sajêroning turu / lah ênggonên kêthu abang gombyok langking / sakarêpmu pan tinurut / wus kaidèn mring Hyang Manon //

mula yèn padha rujuk / mêngko bêngi dijajal rumuhun / mênyang pasar mlêbu warung jajan bakmi / aja samar milu aku / padha mangana sing katog //

sawise padha rujuk / nuli mangkat gumrubyuk mring warung / Amad nganggo kêthu abang ana ngarsi / diiring pra mitranipun / nèng dalan sami gêguyon //

satêkane ing warung / banjur mlêbu lungguh jèjèr salu / Amad nuli ngatag para mitra sami / lah wis kono sakarêpmu / padha jaluka sing dodol //

sawatara wus rampung / padha bungah sênêng jroning kalbu / wus rumasa warêg wêtênge tan ngêlih / ajak-ajak sami mantuk / mitrane pating palênggong //

lamun nyata satuhu / wêtêng warêg mangan nora tuku / mlêbu warung nora bayar mangan bakmi / yèn mangkono Amad iku / bêjane saênggon-ênggon //

--- 670 ---

wasana padha kèlu / nora wêruh rêmbuge ing mau / ana wong nom dhasar anake wong sugih / diugung sakarêpipun / mring wong tuwanira karo //

wong anom iku mau / praptèng wisma nêdya jaluk kêthu / wong tuwane sakarone anuruti / kêthune Amad tinuku / satus rupiyah karopyok //

kocap wong anom iku / suka tyase katularan gêmblung / kêthu abang gombyok irêng digo miring / sayêkti tan wêruh ing dur / daludur melik kang melok //mêlok.

[Durma]

sanalika wong anom tyase gambira / sênêng kapati-pati / rumasaning nala / kêna tinêbas arta / kasênêngane salami / nora dinalar / nyatane diapusi //

kacarita anuju sawiji dina / wong anom angulêmi / sagunging pra mitra / kinumpulkên sadaya / prêlune ingajak sami / jajan mring pasar / anjajal kêthu abrit //

wus kawruhan kadibyaning kêthu abang / marmane sukèng ati / nora was sumêlang / lakune gya ginêlak / têka pasar warung bakmi / mapan sadaya / nèng salu tharik-tharik //

padha mangan kaya adat sabênira / sawuse rampung sami / tumuli pamitan / bali mulih mring wisma / nyat ngadêg bubaran mulih / anggone jajan / tan pisan dibayari //

ingkang dodol sakala kagèt tyasira / tumuli anututi / tinêmu nèng marga / gancang anggone nyandhak / ingajak bali tumuli / mring warung pasar / tinanya gênti-gênti //

wus satata padha omong êntèkira / ginunggung dadi siji / jinalukan bayar / êntèke gone jajan / para janma mudha sami / padha kèmêngan / dene tan gawa dhuwit //

amangsuli jaluka sing kêthu abang / iku kang ambayari / wus pasrah nèng kana / dene kang kêthu abang / sêntak saurira bêngis / hèh kawruhana / apa sira tan uning //

sapa wonge ingkang nganggo kêthu abang / dhasar gombyoke langking / iku lamun jajan / sayêkti nora bayar / iku ujare kang wangsit / sasmitaning Hyang / dadi bêja wak mami //

dene sira têka wani jaluk bayar / tan wêdi mring Hyang Widhi / tuk sikuning Suksma / pancèn janma musibat / mangsuli lan milang-miling / matamu picak / apa kang tak go iki //

ingkang dodol kaku atine sakala / nyandhak alu kinardi / mênthung kêthu abang / bubar pating salêbar / lumayu aniba tangi / abilulungan / rame pating jalêrit //

pan ing kono wong anom padha kalaran / sambat aku mati /Kurang satu suku kata: sambate aku mati.

mlayu jêranthalan / kêthetheran nèng dalan / dènirarsa angoncati / sakala prapta / ing wisma ting karêmpis //

sambat-sambat adhuh mati aku bapak / laraku dipênthungi / marang wong ing kana / kang dodol ana pasar / garêjêg anjaluk dhuwit / bayar le mangan / jajan nèng warung bakmi //

yèn mangkono Si Amad iku rak cidra / kêthune diijoli / agawe sangsara / bêja nora palastra / sing tuwa nyambungi aris / anggèr wruhanta / kowe kurang satiti //

mung kalingan anggonmu angkara murka / nuruti ati budi / tan manut ing warah / tuture wong atuwa / wajib rasakna saiki / tinêmunira / iku lupute kaki //

bapa babu nuruti atine bocah / cacad nora satiti / wèh tiwasing anak / sapa ingkang kajibah / tan liya mung yayah wibi / bêcik elinga / benjang ing buri kari //

--- 671 ---

ing samêngko Si Amad gênti tak oyak / pan arêp tak pênthungi / môngka walêsira / gone gawe sangsara / kang marang anakku iki / lah wis mênênga / tak burune saiki //

wong tuwane anggawa alu sakala / kêbat dènnya lumaris / nora tolih wuntat / kacipta mung Si Amad / mung arêp winalês gênti / ginêcak-gêcak / alu kanggo mênthungi //

pan tinêmu Si Amad lagi nèng tôngga / cinandhak dipênthungi / gègère ing ngomah / Si Amad gêlangsaran / sêsambat ajêrit-jêrit / anyipta pêjah / polahe niba tangi //

dhèk samana barêngi wanci pêtêngan / Amad bisa lumaris / luwar sing bêbaya / tan wruh paraning marga / ciptane mung ngungsi urip / mlayu blusukan / anasak-nasak têgil //

dumadakan tan wruh rumpiling kang marga / pêtêng kapati-pati / tiwas tibèng jurang / jêmpalik ngathang-athang / dadi bathang ana siti / tanpa kukupan / pantês dadya palupi //

pêpiridan ginawe têpa tuladha / kaki dèn padha eling / lamun lali lena / larut praptaning laya / yèn wong anonanom. tan mraduli / tuturing bapa / papa tumêkèng pati //

pan pinunggêl rampunge dènnya manitra / ing sasi Januari / wanci jam asthenjang / Akad Wage tumapak / tanggal kaping nêm lumaris / angkaning warsa / gatra nêmbah trus gusti=1929 //

Pak Jaya. Ing Pajawaran, Banjarnagara.

Kawontênaning Têtiyang ing Indhonesia

Tumraping ngakathah, wontêning Pacific Congres punika sagêd anyumêrêpi wujud, kagunan tuwin tatacaranipun têtiyang ing Indhonesiah, saya tumrap têtiyang ing ngriki, kawontênan ingkang kados makatên wau sami dipun anggêp têtingalan ingkang awis wontênipun, mila ing wêkdal wontên konggrès wau untaping tiyang ningali kathah sangêt, wontên ingkang dhatêng ing moseyum, wontên ingkang namung nyêgat ing margi, ningali nalika langkung badhe amitongtonakên jogèdipun wontên ing kêbon binatang.

[Grafik]

Gêdhong museyum ing Batawi ing perangan ngajêng, nalika nuju wontên têtingalan Pacific Congres. Têtiyang ingkang ningali kathah sangêt, ing dintên sakawit ngantos mangsulakên tiyang ningali.

Tumrap tiyang ingkang ahli mêmikir, kawontênaning bôngsa-bôngsa wau kenging kangge titikan dhatêng undha-usuking [undha-u...]

--- 672 ---

[...suking] pasrawungan, kagunan tuwin bêbudènipun, sanadyan botên dipun cariyosna, tiyang tamtu mangrêtos dhatêng bêbudènipun tiyang ingkang taksih mangangge sarwa prasaja sangêt tinimbang ingkang jangkêp saha sampurna.

[Grafik]

Bôngsa Jailolo, Halmahera

Dene tumrap para tamu ngamônca, kawontênaning konggrès ingkang kados makatên punika sagêd dados jalaran wênganing wawasan ingkang sakalangkung wiyar, mila wontêning rêmbag-rêmbag inggih sakalangkung wigatos.

[Grafik]

Bôngsa Ambon mangangge sandhangan badhe anjogèd parisi.

[Grafik]

Bôngsa Ambon main cakalele. Mênggahing bôngsa Ambon, mainan ingkang kados makatên punika sampun kêrêp kapitongtonakên sabên nuju wontên karamean agêng.

--- 673 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Palapuranipun Petruk dhatêng Garèng, Bab Anjênêngi Pista ing Jendral Motor ing Tanjungpriuk

Sambêtipun Kajawèn nomêr 42.

Garèng : Wis Truk, banjurna caritane anggonmu calangkèk ana ing Jendral Motor ing Tanjungpriuk.

Petruk : Sadurunge aku ambanjurake caritaku kiyi, aku arêp ngelingake nyang kowe, yèn para jurnalis sing padha anjênêngi pistane Jendral Motor mau, sing akèh Walônda, jurnalis Tiyonghwa kira-kira ana nêm utawa pitu, dene jurnalis bôngsa sa-Indhonesia mung ana rong blindhi, yaiku: sobatku kêras Si Culik, lan Mas Ngantène Petruk kiyi.

[Grafik]

Garèng : Hêk, hêk, hêm, Petruk adol umuk, têka pintêr cluluk, duk ana ing Priuk, sing athênguk-thênguk, mung Culik lan Petruk, kuwi têtêp umuk, ....

Petruk : We, hla, kurang ajar, ana anggonku crita dak lakoni ngêdên-ngêdên mêngkene, konone têka mung disambi têmbangan ana ini bae, thik nganggo dijogèdi mincêg-mincêgage irunge sing kaya kuwih maha kuwi. Saya manèh ngarani aku umuk, gênahe mono apa ora prêcaya, yèn aku bênêr-bênêr ana ing pistaning Jendral Motor.

Garèng : Awit pucuking rambut tumêkaning jêmpol sikil pisan, aku mula iya prêcaya, yèn kowe nunggoni pistaning Jendral Motor. Mung bae, yèn jurnalise bôngsa Indhonesiah mung kowe lan Culik dhewe, hla, kuwi atiku tak kon prêcaya, ujug-ujug kok banjur anjaluk dirapak bae. Awit sumurupa Truk, sanadyan aku ora kalêbu bangsaning têlèk, nanging aku iya sok maca layang kabar. Durung suwe kiyi aku iya mêntas maca salah sawijining layang kabar Indhonesiah Tus, ing Batawi kene, kang ngêmot palapurane dhirèktur up rêdhakture anggone mèlu pista ana ing Jendral Motor ing Tanjungpriuk, malah nèk aku ora kliru, gajêg-gajêge ana sing ngandhakake kira-kira mêngkene: sing dadi gagasanaku ora ngêmungake untal-untalan sing gandêm-gandêm, utawa sing nyamlêng-nyamlêng, nanging kapan bisane bangsaku Indhonesiah kiyi bisa anduwèni pabrik kaya Jendral [Jendra...]

--- 674 ---

[...l] motor. Hara, wong bisa ngocèh mêngkono kuwi, têmtune rak iya mèlu nyang kono. Nèk ora têka dhewe, hla, prêlune apa crita kang kaya mêngkono mau. Êmbuh nèk ana tuwuhing lêlakon ing donya sing gawat manèh. Awit kaanehaning donya kuwi tumêkaning saiki durung musna kabèh.

Petruk : Kang dadi pasêksènku: Si Culik, redhaktur ing Keng Po, yèn ora ana jurnalis Indhonesiah liyane kang mèlu pista nyang Jendral Motor, kajaba Culik lan aku. Ewadene omongmu mau bokmanawa ana bênêre, yèn kaanehaning donya kuwi durung ilang kabèh. Kajaba kuwi, dhirèktur up rêdhaktur nulis nyang korane sawijining tindakan kang ora dilakoni dhewe, kuwi bokmanawa anduwèni sêdya kang gawat bangêt, upamane: 1e arêp nuduhake nyang langganane, kang sajake dianggêp wong bodho kabèh, yèn si up rêdhaktur mau sawijining wong kang gêdhe panguwasane, gêdhe pangaruhe lan unggul drajate, tandhane: ana apa bae mêsthi diulêmi, mêsthi diaturi, 2e dhirèktur up rêdhaktur ngarang utawa angalêmbana sawijining bêbadan padagangan ing korane, kuwi ing batin bisa uga anduwèni pangarêp-arêp, nèk-nèke sing dialêm mau banjur anduwèni wêlas, banjur pasang adpêrtènsi ana ing korane, kuwi rak rêjêki bêsar arane.

Garèng : Lho, hla nèk ana up rêdhaktur duwe patrap rong prakara kang wus kok kandhakake mau, kuwi rak nandhakake kuranging bêbudène lan durung ngrêti marang lungguhing kajurnalisane. Murih utama lan undhaking drajate jurnalis, kuwi ora mangkono dalane, nanging kudu bisa nyakup marang kridhaning wawasan, lan jêmbaring pikirane, kang klawan wêwaton bênêr, lugu, ora cara goroh-gorohan mêngkono. Lan manèh apa rumasane wong-wong sing padha maca koran kuwi padha bodho kabèh, sanyatane sing kaprah, wong kuwi anggêre wis gêlêm maca koran, iya mêsthi wis duwe pangrêti, têgêse akal budine wis urip. Dene nèk mula têmênan, anggone ngarang lan angalêmbana mau mung arêp golèk adpêrtènsi, dadi golèk undhaking rêjêki, kuwi rak banjur ora cocog karo unine dhewe, kang tansah disêbar sabên dina ana ing layang kabare, kaya ta anggone nguman-uman utawa ngala-ala priyayi sing padha dhêmên golèk pêndhok aliyas anjilat marang lêlurahe, kuwi nganti êntèk amèk kurang golèk. Carane priyayi mangkono kuwi rak iya ora beda karo trajange up rêdhaktur sing golèk adpêrtènsi mau.

Petruk : Mulane aku tansah gumun, awit aku ngawaki lan nyipati dhewe, kabèh sing padha diulêmi lan sing padha têka, kuwi padha nôndha tangani jênênge dhewe-dhewe ana ing buku tamu kang disadhiyakake ana ing kono, ing môngka gênah bangêt, yèn awake up rêdhaktur mau ora katon kumpul ana ing kono, lan jênênge uga ora ana ing buku tamu mau, lho kok sae-saene muni.

Garèng : Lho bokmanawa bae pancèn nyata, yèn kaanehaning donya iki durung ilang babarpisan. [ba...]

--- 675 ---

[...barpisan.] Kaya ta: dhèwèke bisa nyiluman, kabèh padha ora wêruh, wêruh-wêruh pasuguhane: limun, bir lan iwak kakap diantêm krama nyang dhèwèke.

Petruk : Utawa bokmanawa saking landhêping pikirane, nganti wêruhe mau mung saka anggone maca layang kabar bae, rumasane nglakoni dhewe, sabab rumasane wêtênge iya krasa warêg, ilate iya ngogèl, gurunge iya têlês dening bir, malah rumasane anggone gunêman karo dhirèkture Jêndral Motor cuwas-cuwis cara Inggris, môngka up rêdhaktur mau, bisane cara Inggris mung rong têmbung, yaiku: made karo in.

Garèng : Yah, kuwi rak cara Inggris ana ing klonthongan rèk kae, wis, wis, sêmene bae, aja kêdawa-dawa. (Badhe kasambêtan)

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Dhirèktur pinansiên angsal panguwaos saking parentah amaringi subsidhi gunggung f 2500- dhatêng Nederl. - Indische Groot-Loge van de Internationale Orde van Goede Tempelieren ing Batawi, tuwin dhatêng Anti-opium vereeniging f 1500.-, prêlu kangge ngajêngakên propagandhah panyêgah madat.

Wontên pawartos, Paduka Tuwan M. B. van der Jagt gupêrnur Surakarta badhe pêrlop dhatêng Eropah, malah lajêng wontên pawartos malih badhe kèndêl. Kawartosakên malih Paduka Tuwan J.C. Jasper, gupêrnur Ngayogya benjing wulan Oktobêr ngajêng badhe pêrlop sangang wulan dhatêng Eropah.

Lulus Iksamên wêkasan, Middelbare Landbouwschool ing Bogor, golongan Landbouwkunde: Alwi, Radèn Bunyamin Côndra Wardaya, Hoemala Harahap glr. St di Angkola, W.J.L. Lilipaly, Pong Kim Lian, Sugyarta, Sastra Admaja, Mas Sukriyan Arjadiwirya, Suparma Amongwardaya, Mas Ciptawasesa Tirtakusumanata. Golongan Boschbouwkunde: Radèn Arismunandar Suma Atmaja, Chadik Alzahir Radèn Martaya, Mas Surasa, Sukawiyana, Radèn Sunggana, Mas Sutarya.

Tuwan C.W.P. Vogelpoel ingkang anggadhahi kêbon binatang ing Dhago, Bandhung, mêntas ambêbêdhag gajah dhatêng Mênggalah, Sumatra, sagêd angsal balêdug satunggal tuwin mêjahi gajah sawatawis, wontên gajah ingkang panjanging gadhingipun 1.25 m. Balêdug wau sampun kabêkta dhatêng Dhago, saha ugi ambêkta kewan sanès-sanèsipun.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 1290 ing Pasar Lêgi, Sala. Lêrês.

Lêngganan nomêr 833 ing Thêngklik, sami kemawon botên suda.

Lêngganan nomêr 1004 ing Majakêrta. Kalih pisan wiwit 1/4 - '29

Lêngganan nomêr 1707 ing Mangkudiningratan. Pundhatipun sataun kirang f 3,-.

Lêngganan nomêr 1108 ing Pare. Sampun katampèn, nuwun.

Lêngganan nomêr R. Ng. Manitrarêya ing Ngayogya. Ingkang lêrês nomêr 1022.

Wangsulan saking Redhaksi

S. Rusiyah, karangan panjênêngan bab ringgit botên kapacak, èngêt-èngêtan bab punika sampun nate wontên ingkang ngêdalakên.

Tuwan Sinta ing Ngawèn, karangan kalih bab botên kapacak, bab kados makatên punika sampun kêkêrêpên kapacak ing Kajawèn.

Tuwan Samsin, Ngayogya, gambar 3 iji botên kapacak, amargi kamanah kirang wigatos, utawi sampun kasèp. Gambar kakintunakên wangsul.

Tuwan K. Dijaya, ing Jalatundha. Eman sangêt dene karangan panjênêngan botên sagêd kapacak malih, nanging bokmanawi panjênêngan mangrêtos, bilih bab kados makatên punika ragi kalêbêt ing pangothak-athik.

--- 676 ---

Wêwaosan

Pêpisahan 27 Taun

Karanganipun Mw. Asmawinangun ing Jatilawang, Purwakêrta

33.

Wêkdal ingkang kaajêng-ajêng dening Dhoktêr Atmadi sampun dumugi, kados punapa bingahing manahipun, tur anggènipun sinau sagêd tamat, sagêd pikantuk sêsêbutan Dr. kados ingkang dados pangajêng-ajêngipun. Dhoktêr Atmadi mrêlokakên dhatêng kroningên pamitan dhatêng Nyonyah I. Kerpestein lan inggih mrêlokakên pamitan dhatêng sadaya para mitra-mitranipun, dhatêng tuwan tuwin Nyonyah Hèldhêring sampun kantênan, sasampunipun tapis sawêg atata-tata, sarta ing wêkdal ingkang sampun katêtêpakên... minggah dhatêng baita badhe wangsul dhatêng tanah Jawi.

Kala tanggal 20 wulan Sèptèmbêr 1888, watawis jam sakawan sontên kapal ingkang dipun tumpaki Dhoktêr Atmadi labuh ing palabuhan Tanjungpriuk, Dhoktêr Atmadi mandhap, nyipêng wontên ing hotèl sadalu, enjingipun bidhal dhatêng Banyumas ngampiri Bok Sura, wontên ing Banyumas ugi namung nyipêng sadalu, enjingipun lajêng dhatêng Ngayogyakarta. Kala wontên sêtatsiun Kuthaarja kintun têlegram dhatêng Dhoktêr Prang, mila kala dumugi sêtatsiun Ngayogyakarta Dhoktêr Prang jalêr èstri pinanggih wontên ing ngriku prêlu mêthuk.

Dhoktêr Prang tabikan kalihan pitakèn: papah karo mamah apa padha sugêng.

Dhoktêr Atmadi mangsuli: ora kêkurangan sawiji apa.

Idhah kapriye.

Idhah samono uga.

Sukur.

Mungguh wong kang ko-ngandikakakên biyèn kae kapriye.

Wis waras.

Kapriye wasanane.

Pancèn wis dak takoni akèh-akèh. Nitik saka wangsulan lan katrangane kaya ora bakal kêliru, wis mêsthi iku wong tuwamu. Wis, Di, cukup samene bae dhisik, saiki ayo padha bali, gampang prakara kuwi dirêmbug ana ngomah mêngko.

Sadaya lajêng sami numpak dhokar, sarêng dumugi ing griyanipun Dhoktêr Prang sami mandhap. Dhoktêr Atmadi enggal adus sarta santun pangangge, makatên ugi ingkang èstri tuwin Bok Sura. Jam satêngah wolu sami nêdha, bibar nêdha sami jêjagongan wontên ing ngajêngan. Dhoktêr Atmadi takèn: saiki kapriye, apa isih ana kurang prayogane saupama ngrêmbug wong kuwe.

Dhoktêr Prang mangsuli: ora. Iya, aku ngrêti yèn kowe kapengin bangêt enggal sumurup marang prakara iku. Mulane bêcik padha dirêmbug saiki bae.

Mula pancèn mangkono.

Ingkang èstri sumambung: malah wiwit tampi sêrat panjênêngan rumiyin punika botên kèndêl-kèndêl anggènipun gadhah pangajêng-ajêng, bok inggih sagêda enggal pinanggih kalihan piyambakipun.

Botên maibên.

Punapa ing sapunika tiyang wau sampun saras saèstu.

Wicantên kula dhatêng ingkang raka kala wontên sêtatsiun wau botên gêgujêngan, piyambakipun pancèn sampun saras saèstu.

Sukur.

Dhoktêr Atmadi pitakèn: saiki ana ngêndi.

Isih ana romah sakit.

Apa ana pakewuhe saupama aku nêmoni dhewe ing saiki uga.

Ora prayoga bangêt, bêcik disrantèkake nganti sesuk-esuk.

Mau kowe kôndha, ora bakal kêliru, wong mau mêsthi bapakku, katrangane kapriye.

Nalika dhèwèke dak takoni aran lan pinangkane apa manèh sababe kapriye dene têka banjur kluyuran mangkono. Wangsulane: arane Jayasuwignya, malah isih anduwèni sêsêbutan radèn, omahe ing Karanganyar Bagêlèn, pagawean dadi mantri panjuwal. Ing mau uripe tansah kanthi sênêng, nanging ing wêkasan kacandhak kasusahan gêdhe, bojone tinggal donya, tinggal anak lanang siji watara umur têlung taun, dadi isih cilik bangêt. Sarèhning ora bisa ngrumati dhewe, anake mau digawa mênyang Somagêdhe bawah Banyumas, dipasrahake mênyang adhine kang dadi sudagar supaya diopèni kang bêcik, sabên sasi dikirimi dhuwit minôngka kanggo sêmbulih ing kangelane.

Lêt sataun saka tinggal donyane mau dhèwèke omah-omah manèh karo sawijining wong wadon, nanging katitik yèn bojone kang kari iku kurang bêcik atèn-atène, dene kalair têmbunge: êmoh ngrumati anak kuwalon, bênêr têmbunge ora cêtha, nanging karêpe mangkono, mulane anake kang ana Somagêdhe lêstari ora diparani. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]