Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-07, #1644

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1929, #1644
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-01, #1644. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #353.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-02, #1644 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #385.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-03, #1644 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #386.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-04, #1644 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #387.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-05, #1644. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #388.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-06, #1644. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #389.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-07, #1644 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #390.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-08, #1644. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #391.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-09, #1644. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #392.
10.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-10, #1644. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #393.
11.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-11, #1644 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #394.
12.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-12, #1644 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #395.

Ôngka 53, 25 Sura Taun Ehe 1860, 3 Juli 1929, Taun IV

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [821] ---

Ôngka 53, 25 Sura Taun Ehe 1860, 3 JuniJuli. 1929, Taun IV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Sawangan ing Indhonesiah

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun têmpukaning lèpèn Barumun kalihan Bilah, ing sacêlakipun labuhan Bilik, Sumatra wetan. Lèpèn wau kenging kangge labuh kapal K.P.M. tuwin kapal Straits Settlements.

--- 822 ---

Wêdhar Sabda Dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral wontên ing Polêksêrad, ing Parêpatan Wiwitan Taun

Sambêtipun Kajawèn nomêr 52.

Anglajêngakên pamêdhar sabda dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana, Ingkang Wicaksana lajêng angandikakakên mênggah munduripun panyadean karèt tiyang siti, nanging kosok-wangsulipun, pamêdalipun mrica tuwin kopi robêsta saya majêng. Tuwuhipun ama kopi enggal ing tanah Sumatra, adamêl kuwatosing manah. Ingkang punika Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana angajêng-ajêng, sarana nyambut damêl sêsarêngan kalihan Algemeen Landbouw Syndicaat têmtu badhe angsal rekadaya kangge amêrangi ama wau.

[Grafik]

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana nalika mêdhar sabda.

Salajêngipun Ingkang Wicakana andhawuhakên ing bab panyadean kajêng wana nagari, punika pêpajênganipun mèh langkung 2½ yuta katimbang rancanganipun, ing môngka ingkang kathah dipun pigunakakên salêbêting praja, punika amracihnani bilih ekonomining rakyat sampun majêng, kamajênganing ekonomi wau ugi jalaran saking langkunganing arta ingkang kabayarakên dening sawatawis ondêrnèmêng-ondêrnèmêng, ingkang pamêdalipun saya mindhak kathah. Titikan sanès-sanèsipun, ingkang mracihnani, bilih karaharjaning para kawula majêng, jalaran kathahipun barang-barang lelangan gantosan ingkang

--- 823 ---

sampun kapundhut dening nagari, punika saya suda. Makatên ugi tunggakan sambutan arta dhatêng apdhèling bang tuwin bang dhusun, punika inggih saya suda.

Ing bab pambudidaya anyaèkakên kawontênanipun rajakaya tansah dipun lajêngakên, makatên ugi anggènipun amêragi sêsakit rajakaya ingkang nular. Mênggah karampunganipun kenging dipun wastani sae, ugi ing bab kawontênanipun pitik iwèn, nagari tansah amênggalih kanthi yêktosan.

Sêsampunipun Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana lajêng andhawuhakên ing bab kawontênanipun kawêkêlan tumrap bôngsa Eropah tuwin tiyang siti.

Mênggahing pakaryan irigasi, panggarapipun tansah dipun kiyati.

Salajêngipun Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana lajêng angandikakakên ing bab karampunganipun cobèn-cobèn rêrêmbagan sarana radhio tilpun, ingkang anjalari wiwit tanggal 7 Januari ingkang kapêngkêr punika, gêgandhenganipun tanah Indhia lan nagari Walandi sagêd dipun umumakên. Makatên ugi angandikakakên ing bab pambikakipun pakaryan lampahing gêgana tumrap umum kala tanggal 1 Nopèmbêr ingkang kapêngkêr punika.

Ngantos talêsih Kangjêng Tuwan Bêsar andhawuhakên ing bab kawontênanipun tatanan praja, inggih punika ing bab anggènipun badhe ngwontênakên tatananing prajurit dharatan tuwin lautan.

Kawontênanipun babagan arta nagari ing taun 1928 punika, miturut pangandika dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana, langkung sae. Buktinipun: angsal-angsalanipun limrah langkung saking 10 yuta tinimbang kala ing taun 1927, ing môngka angsal-angsalanipun ing taun 1927 punika sampun kenging kawastanan sae. Kajawi saking punika wontên angsal-angsalan arta malih kathahipun 22 yuta saking pajêg pêrang ing nagari Walandi, ingkang sawêg katampi ing wêkdal punika. Salajêngipun Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana lajêng angandharakên mênggah sabab-sababipun, dene pangasilan nagari ing taun 1928 sagêd langkung kathah tinimbang ing taun 1927 inggih punika saking pamêdalipun arta pajêg, punapadene arta tirahan kabudidayan nagari. Langkung malih pangasilan arta beya tuwin arta pajêging penutsêkap-penutsêkap, punika ingkang anjalari wêwahing pangasilanipun nagari ing taun 1928 punika. Gandhenganipun kalihan sadaya wau, mênggahing babagan arta nagari ing taun 1928 kenging dipun wastani sae sangêt, ingkang punika nagari lajêng sagêd amangsulakên sambutanipun ingkang botên sakêdhik.

Sanadyan pangasilan nagari ing taun 1928 anyênêngakên, nanging miturut pangandika dalêm Ingkang Wicaksana, samangke sampun kenging karaosakên, bilih rêgining pamêdalipun kabudidayan, kados ta: timah, gêndhis tuwin karèt, wiwit mandhap, ingkang makatên punika têmtu badhe kanyataan ing pangasilan ing taun 1929 punika. Jalaran saking punika nagari lajêng kapêksa matêsi rancanganipun padamêlan-padamêlan ingkang badhe katindakakên, inggih punika ngêmungakên ingkang prêlu-prêlu kemawon. (Badhe kasambêtan)

--- 824 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja, Ind. Arts. ing Kudus

Sambêtipun Kajawèn nomêr 52.

Sadaya ingkang kula aturakên ing nginggil punika miturut punapa ingkang kasêbut ing buku. Tiyang-tiyang ingkang sakit tipês ingkang limrah tôndha-tandhanipun botên têmtu sami kalihan kados ingkang kasêbut ing buku.

Asring kemawon anggènipun ngundang dhoktêr kapurih mriksa tiyang ingkang sakit wau sampun lêt watawis saminggu kapara langkung. Katingalipun ingkang sakit namung bêntèr, wêtêngipun botên malêmbung, botên mèncrèt, botên budhêg, saha pols kêndho kêncêng kêdutipun, kados polêsipun tiyang ingkang sakit bêntèr sanèsipun kemawon.

[Grafik]

Lêmut ingkang anjalari sêsakit bêntèr koming.

Dados punapa malih sanèsipun dhoktêr, sawêg dhoktêr piyambak kemawon botên sagêd lajêng nêmtokakên bilih sêsakit punika tipês punapa sanès, samantên wau manawi botên nyêkapi wêkdalipun nalika mriksa utawi angyêktosi. Dene sagêdipun mastani lêrês lan botênipun sêsakit tipês utawi sanès, êrahipun tiyang ingkang sakit kapêndhêt dipun priksa ing Laboratorium.

Ing sarèhning kita botên mangrêtos, utawi kadangon ngêntosi katrangan saking Laboratorium wau, ingkang sakit supados dipun pulasara rumiyin kadosdene tiyang ingkang kenging sêsakit tipês saèstu.

Amila sajatosipun tiyang kêdah ngatos-atos, ing môngsa wontên sêsakit ingkang nular makatên punika, kêdah ihtiar panjagi lan panulakipun, sampun ngantos kêtularan. Dene ihtiaripun: sêsakit tipês, kolerah, dhesêntri punika wijinipun wontên ing toya, pramila prêlu sangêt toya ngombe kajagia ingkang rêsik, sampun ngantos kêtularan wijining sêsakit wau. Rêrêgêd utawi sêsukêr kabucala ingkang têbih saking griya utawi sumur, prayogi dipun bêsmi kemawon utawi kasiram kalihan toya gamping.

Sayuran wowohan utawi sadaya ingkang mêntah kêdah dipun jagi rêsikipun, langkung sae botên nêdha barang ingkang mêntah.

Ingkang prêlu sangêt, tiyang ingkang saras dipun suntik vaccin tipês. Kadosdene panulakipun sêsakit cacar, tiyang ingkang saras dipun suntik vaccin cacar, punika andadosakên sagêd kalis dening sêsakit wau. Cêkakipun tumrap sadaya tiyang murih wilujêngipun prêlu sangêt ihtiar anjagi saha nindakakên panulakipun sêsakit wau, [wa...]

--- 825 ---

[...u,] punika kêdah dipun estokakên miturut katrangan saha pranataning dhoktêr kados ing ngandhap punika:

1. Toya ingkang badhe kangge utawi kangge ngombe, sadèrèngipun kêdah kagodhog rumiyin, 2. toya ingkang kangge siram kêdah rêsik, 3. ngombe susu ingkang sampun godhogan, sampun nedha wowohan ingkang mêntah, 4. têtêdhan, sêkul, ulam utawi panganan sampun ngantos dipun encoki lalêr, kêdah dipun tutupi sadèrèngipun katêdha, 5. salêbêting griya, sajawining griya utawi ing plataran kêdah rêsik, rêrêgêd-rêrêgêd dipun kalêmpakakên dipun bêsmi, prêlunipun sampun ngantos wontên lalêr. Tôngga têpalihipun dipun cariyosi supados rêrêsik ing panggenanipun, 6. ingkang saras kêdah dipun suntik vaccin tipês, 7. rencang-rencang kêdah rêsikan, sampun ngantos nyêpêng têtêdhan utawi toya ngangge tangan rêgêd.

Bab pamulasaranipun tiyang sakit.

Sênthong (kamar) kêdah ingkang kasorotan srêngenge lan sagêd angsal hawa.

Patilêman wontên kalih, satunggal kangge siyang, ingkang satunggalipun kangge ing wanci dalu.

Enjing sontên ingkang sakit kêdah dipun sibini ngangge toya angêt mawi sêpon.

Tilêmipun mawi dipun ganjêl windkussen.

Bokong lan boyok kêdah dipun gosok ngangge kamferspiritus. Sêsampunipun lajêng dipun wur-wuri talkpoeder enjing sontên utawi saprêlunipun, prêlu kangge anjagi sampun ngantos bokong utawi boyok babak ngorèng, awit manawi kangge tilêman kemawon sagêd angrisakakên kulit.

Têtêdhan ingkang kenging katêdha namung puhan lêmbu lan tigan ayam satêngah matêng (madon) sacêkapipun. Ingkang botên patos doyan ngombe puhan, puhan wau kenging dipun wori tèh, kopi utawi sêtrup sakêdhik.

Sabibaripun ngombe puhan utawi nênêdha wau, cangkêmipun kêdah karêsikana mawi toya matêng, utawi kêmu toya matêng ngantos rambah-rambah.

Sawênèhipun dhoktêr suka pitêdah, tiyang ingkang sakit kenging nêdha bubur, punika ingkang sampun kalampahan kirang prayogi, jalaran usus ingkang sakit badhe thukul korèngipun utawi sampun ngorèng, punika botên kiyat nampi têtêdhan ingkang ragi atos, kajawi manawi anggènipun ambêbucal tiyang ingkang sakit wau sampun akas, kakèngingkenging. nêdha bubur sakêdhik-sakêdhik.

Tilêmipun ingkang sakit kêdah sakêdhap-sakêdhap alihan, prêlunipun nyêgah paru sampun ngantos dados sakit (longontsteking).

Sêsukêr utawi uyuh kêdah dipun siram ngangge kreyolin utawi karbol, panganggenipun sêprèi, kasur, urung bantal lan guling kêdah dipun kum ngangge lysolopl 10% watawis 2-3 jam dangunipun, sadèrèngipun dipun kumbah, manawi sagêd dipun godhog utawi dipun sêtum rumiyin. (Badhe kasambêtan)

--- 826 ---

Bab Panggulawênthah

Bab Waosan Lare

Sambêtipun Kajawèn nomêr 51.

Tujunipun sampun wontên juru pangrêksa ingkang murih waosan lare punika lêstantun sae, sampun ngantos awon, inggih punika:

Nomêr satunggal, gupêrmèn, ingkang anjagi murih saening waosan lare sêkolah. Tiyang kathah inggih sampun mangrêtos sadaya bab ajinipun buku-buku wêdalan Volkslectuur ingkang kasêbar ing sabên sêkolahan ôngka kalih lan H.I.S. Saya malih kantor Volkslectuur ngêdalakên kalawarti basa Malayu Sundha lan Jawi, kangge rakyat Indhonesia. Sêrat kabar wau ajêgan wontên panggenan kasadhiyakakên kangge prêluning lare-lare, ngêwrat karangan waosanipun lare.

Pranatan ingkang makatên wau kula sukur sangêt, awit lare lajêng saya jêmbar waosanipun, anjalari dados sênênging lare.

Nomêr kalih ingkang ngêdalakên lan saening waosan lare punika pakêmpalanipun para mudha ingkang jêmbar kawruhipun, upaminipun: Pemoeda Indonesia, Jong-Islamieten Bond, Jong-Java lan sanès-sanèsipun. Ing sadhengah sêrat kabaripun piyambak-piyambak, para murid botên namung trimah maos, nanging inggih sami marsudi damêl karangan piyambak. Ingkang makatên wau dipun wastani: anggulawênthah badanipun piyambak.

Nomêr tiga ingkang sami pados rekadaya ngindhakakên kawruhipun lare sarana wêwaosan, inggih punika pakêmpalan-pakêmpalan utawi sêrat kabar-sêrat kabar agêng ingkang nêdya nênuntun lare sarana ngêdalakên sêrat kabar tumrap lare utawi buku-buku lare. Manawi tiyang nginguk ing kalangan bôngsa Walandi, têmtu badhe sumêrêp, yèn sabên sêrat kabar agêng apêsipun saminggu sapisan ngêdalakên sêrat kabar tumrap lare. Isinipun sêrat babar wau warni-warni, wontên dongengan, wontên cariyos ingkang anjêmbarakên kawruhipun lare, wontên cangkriman, malah lare umur 12 taun mangandhap sampun dipun warahi ngarang piyambak. Sarêng ing kalanganing kabangsan kula taksih awis-awis mrangguli sêrat kabar tumrap lare ingkang sumêbaripun sagêd maradini ing ngakathah. Inggih wontên sêrat kabar ingkang dados suwaraning para mudha kados ta gadhahanipun P.I., J.I.B., Jong-Java, nanging punika dados kabêtahaning para warganipun pakêmpalan piyambak.

Ingkang prêlu punika sêrat kabar lare kangge umum supados anak-anakipun tiyang alit inggih sagêda kaduman kawruh warni-warni.

Sapunika sêrat kabar kangge prêluning rakyat sampun pating jêrêdhul mrajak kados tuwuhing jamur. Pamuji kula mugi-mugi sêrat kabar tumrap lare lan buku tumrap lare kangge anakipun rakyat sagêda pating jarêdhul [jarêdhu...]

--- 827 ---

[...l] ugi. Tuladhanipun ing kalanganing bôngsa Walandi punika sampun cêtha wela-wela.

Sapunika golongan kabangsan sampun ngêdalakên sêrat wulanan, wasita, kangge para guru lan para rama ibu. Kula badhe nyuwun priksa sakêdhik, benjing punapa lairipun sêrat kabar lare ingkang adhêdhasar kabangsan, kula golongan èstri sagah ngrencangi ngarang, awit pangrêksaning lare punika dados wajibing golongan ibu ugi.

Wasana punapa atur kula sadaya kula sumanggakakên dhatêng para sadhèrèk.

Siti Maryam.

Jagading Wanita

Kawruh Ambathik (Nyêrat)

Sambêtipun Kajawèn nomêr 52

Ngèngrèng polan

Ingkang nama polan, punika panyêratipun manut pola ingkang sampun dipun damêl lêmbaran, limrahipun sinjang sêmèn-sêmènan, latar pêthak utawi latar cêmêng.

Patraping panyêratipun tiyang mola, kêdah manggèn papan ingkang nawangakên padhang, pola dipun tèmplèkakên ing mori dipun êdomi ing dom bundhêl, pola wontên ing jawi. Wayanganing sêratan ing pola lajêng dipun sêrat. Manawi pamolanipun sampun kacakan sadaya, pola lajêng dipun pêndhêt, dene salajêngipun cêkap nêkuk mori ingkang sampun dipun sêrat, dipun pola malih, sairib kados patrapipun mola sakawit, bal-tumimbal ngantos dumugi sakêmputing mori sadaya.

Mênggah ing gampilanipun tiyang ngèngrèng polan ingkang kados makatên punika sampun nama sae, nanging tumrap tiyang ingkang sampun nama sagêd, pamolanipun wau taksih mawi ngewahi mêndhêt pantêsipun, upami wontên jêjêring sêratan kêkêrêpên utawi kosok-wangsulipun, punika dipun wangun malih, makatên ugi tiyang mola punika ingkang prayogi kêdah mangun sêratanipun ing pinggir sacêlaking seretan, kaangkaha sampun ngantos kêbênggangên kalihan seretan utawi sampun ngantos kêmèpètên, inggih manawi sinjangipun latar pêthak, botên katawis, awit têbih cêlakipun kalihan seretan lajêng kêsamar ing unthêr utawi tembokan, nanging manawi latar cêmêng, katingal awonipun.

Ngèngrèng rujagan.

Ngèngrèng rujagan punika padamêlanipun tiyang ingkang sampun sagêd nyêrat, awit sêratan rujagan punika tanpa pola, dados ingkang nyêrat sampun sagêd nganggit piyambak, mila badhe botên kêkirangan anggèning damêl lêluwêsan.

Ngèngrèng manut garisan.

Ngèngrèng ingkang kados makatên punika, namung kantun [kantu...]

--- 828 ---

[...n] ngênut lampahing garisan, nanging lugunipun inggih padamêlanipun tiyang ingkang sagêd ngèngrèng rujagan.

Isèn-isèn.

Sêsampunipun rampung anggènipun damêl ngengrengan, lajêng dipun isèn-isèni. Isèn-isèn punika: sawut, cacah gori, cêcêg, sisik, sisik mêlik, tuwin wontên sanès-sanèsipun malih, nanging mênggah isèn-isèn sêratan kina, limrahipun namung kados makatên wau.

Badhe kasambêtan.

Kawruh Sawatawis

Bab Ulam Wêlut

Nyambêti andharanipun sadhèrèk Sukarman, G.b. Jrakah S.C.S. ing Kajawèn nomêr 49, bab ulam wêlut. Sanajan andharan wau sampun nyêkapi, ananging kula kapêksa badhe urun-urun sawatawis. Ulam wêlut punika pancèn satunggiling ulam ingkang raosipun botên beda kalihan ulam lele.

Dene pamêndhêtipun ulam wêlut wau, kajawi kapancing karogoh lan katêlik ugi kenging kasuluh mawi oncor ing wanci dalu.

Dene patrapipun nyuluh makatên: 1. ambêkta oncor, awit ulam wêlut wau limrahipun manawi dalu sami saba ngupados têtêdhan, nanging manawi kêsorot padhanging oncor lajêng kèndêl tanpa ebah kados lamur. 2. ambêktaa wilah kadamêl kados pêdhang. 3 ambêktaa kêpis kangge wadhah ulam wêlut wau, dene wilah wau pirantos kangge mêdhang wêlut ingkang kenging soroting oncor. Pandamêlipun pêdhang botên kenging landhêp, jalaran manawi landhêp wêlutipun sagêd pêdhot, wusana manawi kasade anyudakakên rêgi.

Ing nginggil wontên sêsêbutan têlik, têlik wau têgêsipun wuwu alit, pirantos kangge misaya ulam wêlut, punika sadaya langkung gampil malih.

Patrapipun makatên: manawi gadhah têlik kintên-kintên sadasa iji, ing dalêm satunggal têlik kasukanana cacahan cacing sakêdhik, manawi sampun kapasanga ing sabin ingkang pantunipun sawêg wiwit mêtêng, awit yèn pantun sampun wiwit mêtêng manawi kasuluh tamtu lajêng sami putung, amargi kaidak-idak, dene pamasangipun têlik ing wanci sontên, enjingipun dipun pêndhêt, ing dalêm têlik satunggal, yèn ing papan ngriku pancèn kathah wêlutipun, sagêd angsal sadasa iji.

Pangupakaranipun ulam wêlut wau, kabèthètana lajêng dipun dhêdhêgi supados sagêd rêmuk êrinipun, lan kakumbaha ingkang rêsik, dene ingkang agêng prayogi kadhèndhènga lajêng kaêpe ngantos garing, wusana kagorèng garing, raosipun eca, dene manawi kathah tunggilipun kenging kasade ing pêkên kados andharan ing Kajawèn nomêr 49.

Wusana yèn wontên lêpat lan kiranging têmbung: nyuwun gunging samodra pangaksama.

Sastradisana L. 1246.

P.h.c.I. Weltevreden.

--- 829 ---

Raos Jawi

Gugon Tuhon

Bab gugon tuhon punika mèh pinanggih ing nagari pundi-pundi, dene ingkang limrah koruping tiyang dhatêng gugon tuhon punika ngandêl dhatêng brêkahing kayu watu, kewan tuwin sanès-sanèsipun, wontên ingkang dipun anggêp sagêd damêl sugih, damêl kasarasan, sagêd suka kadrajatan, tuwin sanès-sanèsipun.

Tumraping kuburan, punika mèh limrah sabên wontên kubur ingkang dipun anggêp kramat, inggih lajêng kathah tiyang ingkang sami dhatêng pados brêkah, ingkang makatên wau botên patosa klintu, awit ingkang dipun têdhani brêkah wau sanès kuburipun, nanging ingkang sumare, dipun alap brêkahing lêlabêtanipun kala dèrèng ngajal, ewadene inggih nama dèrèng lêrês.

[Grafik]

Wit Kalapa ing Lawongan, Mênadho, ingkang kala rumiyin dipun anggêp kramat.

Saya malih tumrap tiyang ingkang nêdha brêkahing sato kewan, kados ta nêdha brêkahing sagawon, awit kaanggêp sagêd dados dhukun, amargi kêtitik sagawon wau sok anglampahi siyam. Wontên malih maesa ugi sagêd dados dhukun, punika pinanggih wontên ing tanah Priyangan, cara-caranipun makatên: ing satunggiling panggenan wontên maesa sampun dipun alasakên, kadospundi jalaranipun botên têrang, sumêrêp-sumêrêp sampun dipun anggêp dhukun dhatêng têtiyang kathah. Lampahing nêdha jampi, tiyang kêdah nyadhiyakakên pangombèn wontên ing papan pasabanipun maesa wau, manawi toya wau sampun dipun ombe, sisanipun lajêng kangge jampi, dene samôngsa kewan wau dèrèng purun ngombe, inggih taksih dipun êntosi kemawon.

Wontên malih anganggêp kramat dhatêng wit-witan, namung

--- 830 ---

kamanah jalaran saking eloking wujud, kados ta ing Mênadho wontên wit kalapa galêganipun dhoyong ngantos nalosor kados ngambang ing toya, punika dipun alap brêkahipun dhatêng têtiyang kathah, sangandhaping wit kangge adus. Nanging dangu-dangu lajêng cabar, amargi têtiyang mangrêtos, bilih wit kalapa wau inggih limrah wit kalapa kemawon, malah lajêng kangge pêthangkrikan lare.

[Grafik]

Wit kalapa êpang ing Kalitidhu.

Makatên ugi ing Kalitidhu, Rêmbang, wontên wit kalapa êpang gangsal, punika inggih pancèn anèh, nama mrojol saking kêlimrahaning wit kalapa, punika tiyang lajêng asring klintu sêrêp, wontên ingkang nganggêp bilih wit kalapa wau sanès sabaènipun. Tular-tumularing wartos lajêng dumugi ing pundi-pundi, saha lajêng nuwuhakên tiyang sami nêdha brêkah warni-warni, nanging wusananipun cabar malih, inggih namung dados kalapa limrah, kaot gadhah kaelokan, dening kawontênanipun nyalênèh.

Wontên malih gugon tuhon ingkang ragi anggumujêngakên. Kacariyos kala rumiyin wontên prayagung luhur ing Surakarta badhe yasa dalêm, kajêng ingkang badhe kangge saka guru mêndhêt kajêng jati saking wana ingkang sakalangkung wêrit, nanging jalaran saking agênging kajêng, nalika dipun gèrèt badhe kabêkta dhatêng kitha, mogok kemawon, sanadyan dipun kathahi tiyangipun, mêksa botên ebah. Wusana wontên tiyang sêpuh cariyos, cobi kajêng wau kapurih numpaki talèdhèk, awit talèdhèk punika sok dados sarana agar. Yêktos, sarêng wontên talèdhèk linggih sanginggiling kajêng wau tuwin wiwit mangkur: sêkar pangkur gawe gela... sawêg anjêngèk kemawon, lajêng gêmlidhig. Nanging gugon tuhon punika manawi dipun manah panjang, satunggal-satunggaling gugon tuhon gadhah kajêng piyambak-piyambak, wontên ingkang lèrègipun anjog ing kabatosan, wontên ingkang dhatêng piandêl, wontên malih lèrèg dhatêng rekadaya. Gampil-gampilan ing bab mogoking kajêng saka guru, punika bedanipun punapa kalihan majênging tiyang têtumbas dhatêng papan sêsadean, ingkang luwês paladosipun.

Sarèhning ing jaman sapunika, nama jaman padhang-padhangan, tiyang sampun sumêrêp sulaking jaman kamajêngan, botên kenging dipun balithuk ing kaelokan, awit mangrêtos bilih tindak makatên punika kalintu. Lan ugi mangrêtos pundi ingkang nama gugon tuhon yêktos utawi ingkang sanès, mila bab makatên punika namung kasumanggakakên.

--- 831 ---

Waosan Lare

Sadulur Tunggal Suson

XXIII. Entèking carita

[Dhandhanggula]

uwis têntrêm bêcik ing saiki / ora ana wong sing ora bungah / barêng wis ana ratune / sabên wong rubung-rubung / mêsthi ana sing angrasani / mênyang ratune anyar / ngalêm bagus tulus / lan panggalihane jêmbar / kêtitike barêng luwar Surawani / sarta olèh ngapura //

malah ora suwe Surawani / bisa olèh pagawean lawas / bali dadi pyayi gêdhe / iya iku tumênggung / mung saiki watake salin / nganggêp sapadha-padha / nadyan nyang wong mikul / dirêngkuh wis ora beda / nanging mungguh tindak sing mangkono kuwi / malah luwih utama //

awit lumrah wong ing ngêndi-êndi / watakane yèn digalap mênang / wis gênah mêsthi êmohe / dene yèn dirèh alus / lan kêladuk dikulit daging / mêsthi malah rumasa / wêdi tênan têrus / kabèh mau wis kanyatan / ing sang prabu apa manèh Surawani / padha wis ketok cêtha //

dene mêngko sing bangêt kêtitik / ing bungahe kajaba sang nata / patih ya ngono anane / dene saiki rampung / pêpêtênging nagara nyingkir / atine wong wis padhang / drêngki jail larut / mula ing batin ngêngudang / mênyang gusti kang kagungan galih luwih / kuwat disêmbah-sêmbah //

wise têntrêm nuju wayah bêngi / sang aprabu kaparêng lênggahan / nanging piyambakan bae / sing ngandikan malêbu / ora liya mung kyai patih / Palih uga kalilan / malah tanpa ewuh / awit pancèn kasêntana / sanadyana Palih pangkate mung cilik / nanging kêcakêt nata //

ketok gone trêsna mênyang gusti / rina wêngi mung tansah rumêksa / mèh ora ana pisahe / dene kalane mêtu / mung nyalinthut agolèk angin / sang prabu ngono uga / trêsnane kalangkung / sabên Palih ora ana / banjur bae iya dhawuh anggolèki / yèn suwe dadi duka //

kêrêp bae Palih didukani / nanging ora ketok angrêsula / malah bungah ing atine / mantêpe krasa têrus / kacarita dhèk bêngi kuwi / sang prabu lênggah ngandhap / cakêt lan kang ibu / rèhning amburu sakeca / kangjêng ratu lênggah karo dipêtêki / sing mêtêki bok inya //

angadhêpês ki patih alinggih / ora pati adoh lan sang nata / Palih ladèn rana-rene / ing kono sang aprabu / angandika ketok kêdugi / saiki wis kalêgan / wa ing panuwunku / ibu biyung uwis ana / lan manèhe aku têtêp ing saiki / anggêntèni jêng rama //

yèn tak pikir lêlakonku kuwi / dawa bangêt nganti kaya crita / wiwit saprana-saprene / lagi bisa kêtêmu / kyai patih nyêla nginggihi / kang nama lêlampahan / manawi pun urut / tamtu dados kaelokan / tiyang ngantos botên sagêd angrampungi / manawi dèrèng môngsa //

--- 832 ---

cobi bilih amarêngkên gusti / kula badhe anjèrèng carita / kenging kangge dongèng têmbe / nanging cariyos lugu / kula botên mawi akumbi / awit ngraos sadaya / kawontênanipun / kenging kangge tôndha nyata / lêlampahan kang dadosipun prayogi / rak kaparêng sadaya //

kangjêng ratu gumujêng nyêkikit / kèndêl lênggah karo angandika / aku arêp kowayangke / wis ta kono sing cucud / alon nyêmbah kiyai patih / gusti namung minôngka / pamuji rahayu / awit sadaya lampahan / yêktosipun yèn ta pun titi prayogi / sagêd manjing ing têpa //

kados putra dalêm ing rumiyin / wontênipun ngantos kalampahan / tilar nagari yêktose / mung galih kirang landhung / malah nuntên lajêng mutungi / lêrês kêtingal lêga / sajak nurat-nurut / nanging mênggah kabatosan / yêktosipun gusti botên sagêd kumbi / têrus botên narima //

malah saya karaos ing galih / kalampahan ngantos nêdya nglawan / mila apês ing dadose / wusana sarêng sampun / nama katog nglampahi sakit / tumuntên sagêd luwar / nama sampun rampung / dumugi mangke punika / jêng sinuhun kêwêngan galih utami / lulus jumênêng nata //

mila gusti mung wajib pun puji / mugi putra dalêm alulusa / têntrêm ayêm panggalihe / awit namaning ratu / yèn ngantosa ebah ing galih / lajêng sangar sadaya / mèsêm sang aprabu / nuli alon angandika / bênêr kabèh uwa caritamu kuwi / aku ya wis rumasa //

kyai patih wiwit manèh nuli / dene mênggah ingkang sampun limrah / sami kemawon wontêne / inggih kang nama ibu / dhatêng putra kang sanès mêsthi / mung tansah mêmêngsahan / ing salaminipun / nanging yèn pun manah panjang / yêktosipun manah kang makatên gusti / pinanggihipun lêpat //

awit mênggah lêlampahan mêsthi / ing salami tansah ewah-ewah / botên têtêp salamine / saya kang tindak luput / ewahipun kalangkung gampil / nama piwêlèh nyata / mila ing bab wau / nadyan botên matur kula / nyatanipun sampun kauningan sami / kula namung sumôngga //

êmung mèsêm kangjêng pramèswari / kyai patih ambanjurke crita / dene êmbok inya kowe / anggonmu nêmu luput / saka bangêt gonmu ngakoni / nyang gusti dhèk samana / rasaning atimu / mung kowe dhewe sing kwasa / mula lagi luwar têkane saiki / tampanên lan panrima //

dene mungguh kowe iku Palih / katrêsnanmu mênyang ing bandara / pancèn ya tênan nyatane / nanging sok ketok thukul / melikanmu kapengin luwih / upama aja sasar / duwe ati suwung / ora kanggo ing abahan / nanging bêgja dene kêcakêt lan gusti / kang kagungan kuwasa //

sampun têlas dongèng kula gusti / dados mênggah lampahan sadaya / sagêda atindak sae / dene manawi luput / rumaosa ingkang nêrusi / awit yèn ta lumuha / ngrumasani luput / inggih dipun padosana / ing salami môngsa amanggiha bêcik / gusti punika nyata //

guwayaning polatan nêrusi / pajagongan ketok kêbak rêna / nuli ngandikan banjure / nganti mèh êbyar esuk / kyai patih mundur tumuli / sorote kang pêpadhang / wis madhangi kêmput / pêpêpêtênge kabèh ilang /Lebih satu suku kata: pêpêtênge kabèh ilang. cocog kaya ing êntèke dongèng iki / ngono cuthêling crita //

--- 833 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Èwêd Pakèwêding Pangkat Pangrèh Praja

VI.

Garèng : Truk aku iya prêcaya bangêt, yèn sing dadi lurah bangsaning wong burêng, ora bakal gawe tata têntrêming desa, nanging kosok-baline malah bisa ngrusak desane. Ewasamono ana golonganing wong, sing dianggêp dening wong-wong desa sawijining klilip gêdhêm bangêt, têgêse: nèk dicêdhaki nyathèk, nèk didohi nyambit kotoran, ya kuwi: tukang kêlah lan para ahli wèt sing padha ngênggoni titêl: pokrul, ning: bung.

[Grafik]

Petruk : Ewadene sawênèh ana sing nyalahake priyayi anggone nanggulangi anane tukang kêlah utawa pokrul bambu mau, sarta banjur dianggêp priyayi jail, priyayi opèn lan sapêpadhane. Anggone priyayi ngêngèl-êngèl tindaking wong-wong kang mêngkono mau, rak sabab saka wêlase marang wong desa, sing gampang blithuk-balithukane, dadi ora kaya gagasane sawênèhing wong: priyayi sumêdya ngalang-alangi wong golèk pangan. Kêpriye carane tukang kêlah utawa manèh pokrul bambu anggone nindakake praktike ana ing desa, ing kene ora prêlu tak caritakake dawa-dawa, têmtune sabên wong wis padha sumurup kabèh.

Garèng : Mulane aku iya rada maido nyang kandhamu: wong bodho bisa kêpilih dadi lurah, apa mung supaya dadi pakanane tukang kêlah utawa pokrul pêtung bae.

Petruk : Pancèn mula iya mêngkono. Tukang kêlah utawa manèh pokrul bambu, kuwi iya sok agawe susahing wong desa, mêngkono uga lurah sing bodho, kuwi iya sok digawe dolanan. Mungguh têrange mangkene: lurah sing bodho kuwi sok ora ngrêti mênyang wêwênange dhewe kang wis kapacak ana ing Inl. Reglement. Lha iya kêpriye, maca bae ora bisa. Dadi yèn diapusi utawa diancam dening tukang kêlah utawa bangsaning pokrul mau, kang pancène ora andadèkake barang-barang nyang awake, kuwi mung tiba wêdi thok bae, wusanane saka gilapên, bisane mung banjur anggrègèli bangsaning rini bae. Iya bênêr anane saiki iya

--- 834 ---

akèh lurah sing pancèn: ngrêti nyang wajib, pintêr, têmên lan sapadhane. Nanging jalaran saka pranatan pilihan mau, rak iya akèh ta lurah sing dadine kayadene têlung rupa sing wis tak kandhakake ing ngarêp. Lumrahe lurah sing kaya kono kuwi iya catho-catho anggone nindakake kuwajibane, satêmah sing digawe gul-gul, sing digawe nutupi kabodhoane mau, anggone: main munjung.

Garèng : Lho, omongmu kiyi nyulayani karo omongmu ngarêp. Kandhamu lagi anu, priyayi jaman saiki, kuwi blanjane cukup, kapintêrane pêng-pêngan, wète iya nyoplok, mulane aku iya wis mupakat, yèn saikine ora krêsa nampani: bêras kêtan, pitik kêbirèn lan sapadhane, sanadyan kiraku iya isih rada dhêg-dhêgan upama punjungane mau, awujud: gula 10 dhacin, bèndhi utawa motor, saikine kowe ujug-ujug ngomongake lurah sing: main munjung. Nèk ngono dadi isih ana bangsaning punjungan kuwi.

Petruk : Sabênêre ngono iya isih ana, mung bae punjungan mau ora awujud: dhêdhaharan, dhuwit, utawa barang sing èdi-èdi, ewadene priyayi sing wis kulina dipunjung mêngkono kuwi, rumasa: nglênyêm, mongkog amêthunthung, nganti sok lali nyang purwaduksinane, yaiku punjungan: sêmbah.

Garèng : Wah, Truk, bab kiyi pancèn gawat bangêt, ora ngêmungae priyayi Jawa bae, sanadyan para amtênar Walônda iya akèh sing padha karêm nyang sêmbah dhodhok kuwi. Mulane kira-kiraku iya angèl bisane ilang, awit rasane sajake pancèn iya: sêgêr, gandêm. Ewadene nèk para luhur Jawa kêncêng krêsane nêdya ngilangi sêmbah dhodhok, kiraku iya bisa kalakon ilang têmênan. Nèk para luhur Walônda bribik-bribik wis amiwiti. Kabare paduka tuwan guprênur ing Jawa Wètan, wis kirim sirkulir marang bawahan para amtênar Walônda kabèh, supaya aja padha krêsa diurmati dening sosorane Jawa sing cara Majapaitan kuwi.

Petruk : Para luhur Jawa iya wis ana sing ora krêsa disêmbah, nanging nèk cara gudhige mono isih blêntèng-blêntèng bangêt. Anèhe kuwi mangkene: nèk isih apangkat dara hèlêp, carik, tumêkane mantri, dadi durung wancine disêmbah, kuwi idham-idhamane: sêmbah dhodhok kudu diinglangi,diilangi. awit wis ora mathuk karo jamane, nanging barêng wis dadi astèndana, ana lurah bawahe nyêmbah, gagasane banjur owah sasêtrip: lho, kok enak, lho, kok lèkêr, kok nikmat. Barêng dadi wêdana, ora mung lurah bae, nanging priyayi-priyayi cilik, hèlêp tumêkaning mantri iya padha nyêmbah, kuwi owahing gagasane banjur têkan rongpuluh sêtrip bae: wah, gandême, wah, sêgêre. Suwe-suwe banjur kulina disêmbah ing priyayi-priyayi sing luwih èndhèk pangkate timbang salirane. Wusanane nèk ana priyayi liya sowan sing ora nyêmbah, panggalihe banjur ora rêna, banjur tansah kêgubêl ing amarahe, satêmah wêtune dhawuhe, utawa manèh pangandikane ora [o...]

--- 835 ---

[...ra] sarana panggalih kang wêning. Tumrap sing ala atine wong sing ora nyêmbah mau, banjur dianggêp wong kurang ajar, wong sing wani marang panggêdhe, wusanane sok banjur mêtu pitênahe. Kang mangkono mau nagara wis nguningni, mulane tansah andhawuhake ilange cara urmat sing wis ora mathuk karo jamane kiyi, dadi krêsaning nagara ora nêdya arêp ngowahi apa sing wis dadi tata carane bôngsa Jawa, nanging arêp ngudi ilange lêlakon sing ganjil mau.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Kala tanggal 17 wulan punika ing Grêsik mêntas wontên griya kabêsmèn, ngantos têlas 300 wuwung. Griya-griya ingkang kêbêsmi wau ing kampung Kroman, sacêlaking pêkên Grêsik, ingkang andadosakên jalaraning kêbêsmèn, wontên tiyang èstri sampun sêpuh lamur, anggodhog wedang, latunipun mrèmèn lajêng ambêsmi nipah. Kapitunanipun f 50.000.-. Muhamadiyah nyêbarakên sêrat, ingkang suraosipun nêdhakakên tulung dhatêng sêsami, ugi lajêng tumindak wontên komite sanèsipun.

Kala tanggal 22 wulan punika wanci sontên, pêkên taunan ing Bandhung sampun kabikak, ingkang mêdhar sabda paduka dhirèktur lanbao.

Ing apdhèling Gunungkdul kêkirangan jawah, tanêman ing môngsa katiga sami botên tuwuh, andadosakên kuwatosing parentah saha tiyangipun ing ngriku.

Saking panêdhanipun upsir yustisi ing Batawi, Levensverzekering Mij. Indonesia ing Bandhung katêtêpakên palit, miturut papriksaning yustisi, botên wontên sadhiyan arta, môngka arta saking para ingkang nanggêlakên ajêg pambayaripun.

Miturut pawartos kawat saking Dhênhah, Paduka Tuwan Couvreur kaangkat dados lid rad pan Indhi.

Radèn Mèmèd Sastra Adiprawira katêtêpakên dados Adjunct Taalkundige ing Bale Pustaka.

Komite pasar malêm Tiyonghwa ing Surakarta mêntas parêpatan, waragadipun kakintên wontên f 30.000-, dene sadhiyan arta sampun wontên f 40.000-. Pasar malêm wau badhe manggèn wontên alun-alun lèr, wontên ing tanggal 28 Sèptèmbêr dumugi 14 Oktobèr. Bêbathènipun rêsik, ingkang 50% kangge phon pasar malêm, ingkang 35% kangge urun adêging T.H.H.K. tumrap pamulangan T.H., 15% malih kangge pakêmpalan-pakêmpalan amal tiyang siti. Adpisuring komite Tuwan J.W.T. Kiliaan nêdhakakên, supados pakêmpalan amal Eropah ugi angsal panduman.

Kawartosakên, ingkang angsal pamênang lotre f 150.000 Tuwan Tirtakusuma, up mantri apyun rèsi ing Prigiradja, Riouw. Nanging wontên pawartos malih botên.

Wontên pawartos, ingkang angsal pamênang lotre f 100.000 têlastilas. agèn pèl pulisi ing Têgal nama Narub, sapunika manggèn ing Comal. Nanging panumbasipun barandon tiyang sadaya.

Wiwit bikakipun krêtêg ing Praga, S.S. saking Ngayogya dhatêng Watês, ragi suda asilipun. Ugi ajêng wontên oto bis ingkang lumampah saking Ngayogya dhatêng Sêntolo, saya benjing manawi sampun wontên oto bis ingkang dhatêng Watês utawi Purwarêja, tamtu adamêl suda.

Kala tanggal kaping 20 wulan punika ing kampung Andhir, Bandhung, wontên tiyang tiga katrajang sêsakit pès, sami malêbêt ing griya sakit Juliana, wontên kalih malih ingkang ngajal, asli saking Citêpus, tuwin satunggal asli saking Gr. Postweg. Toko Tiyonghwa Haij Hong ing pasar sêtrat dipun tutup ing pulisi, jalaran kêtularan saking toko Haij Hong ingkang manggèn ing Cikakak. Ing tanggal 21 sontên, ing toko wau wontên tikus dhawah. Enjingipun tôngga têpalih ing toko wau sami kapriksa ing dhoktêr.

Pawartos saking Administrasi

Agèn nomêr 965 ing Sala. Lêngganan nomêr 2932 kapetang wiwit, 1/5-'29. Dados tumrap kwartal tiga punika namung kirang f 1.-.

Lêngganan nomêr 1731 ing Banyumas. Wajibipun, agèn botên amung ngupados langganan thok, nanging inggih kêdah nanggêl, utawi nglêbêtakên yatra bayaranipun, dados langkung rumiyin panjênêngan kêdah nglêbêtakên bayaran saking priyantun sakawan, = f 6.- lajêng sagêd gratis satunggal.

--- 836 ---

Wêwaosan

Sêrat Bayan Budiman

Karanganipun Mas Arjawiraga.

7.

[Gambuh]

nulya awawan rêmbug / datan pisan mawi rikah-rikuh / wusing tutug janma èstri ambundhêli / têtali ingkang kinandhut / tumuli malih ginembol //

dene wicalanipun / pan wus jangkêp kawan dasanipun / yèku têgês dènnya nèng gigiring èsthi / wus bangkit awawan rêmbug / ping kawan dasa lawan wong //

janma èstri amuwus / hèh wruhanta sirèku ywa gumun / pan wus kaping patang puluh sun ngapusi / marang guru lakiningsun / tanpa mingsêt saka ngênggon //

wis ta balia gupuh / janma mudha tan sawalèng tuduh / nulya nrancag minggah malih marang uwit / dupi èsthi tangi turu / bidhal mlampah alon-alon //

sasampuning puniku / janma jalu kang manah tan lulus / nulya ical raosing tyas sônggarunggi / awit tiwas-tiwas bingu /bingung. tanpa pakolih sayêktos //

tuwuhing cipta mulur / sanadyan ta pawèstri puniku / dèn taliti tinêngga ing sari ratri / yèn nêdya cidra ing kakung / sayêkti gampil kemawon //

lan malih janma wau / datan pisan samar jroning kalbu / awit darbe pêpujan musthika luwih / warni sêkar adiluhung / lawan pangangge kinaot //

minôngka tôndha tuhu / mung binêkta ing sapurug-purug / ing samôngsa kang sêkar alum katawis / tanapi panganggenipun / yèn kongsi ical sayêktos //

punika tandhanipun / yèn kang èstri darbe tindak luput / kacarita samana dènnya lumaris / praptèng praja arja langkung / kang jumênêng ratu anom //

sapraptanirèng ngriku / janma wau nulya unjuk-unjuk / mring sri nata marma kalilan tumuli / umanjing mring praja laju / tanpa mawi walangatos //

dupi sowan sang prabu / amarêngi ing katiga nutug / sanggyaning kang taru-taru samya aking / nanging sang prabu andulu / maring sêkar langkung gawok //

iyèku sêkaripun / janma ingkang nêmbe prapta wau / dyan andangu sri narendra paran marmi / dene sêkar kang dinulu / maksih katon rompyoh-rompyoh //

tan pisan katon alum / têka beda lan sadayanipun / kang kêkaywan ing praja sadaya aking / janma kang prapta umatur / sinuhun mênggah kang yêktos //

sêkar amba pukulun / apan dadya pratôndha linuhung / lamun sêkar kawistara sêgêr asri / nênggih gusti semah ulun / têtêp rahayu ing batos //

tan cidra manahipun / sêtyanipun maring amba têrus / duk samana agumujêng sri bupati / alon pangandikanipun / iya sukur yèn mangkono //

nanging sajatinipun / dahat datan rêna galih prabu / pan tinampi janma iku kumaluwih / marma ing sapêngkêripun / janma saking ngarsa katong //

nulya nimbali gupuh / maring wadya maksih anèm bagus / mrih anggodha mring rabining wong ing ngarsi / dikongsi sagêd kapilut / mokal yèn datan kalakon //

apan tumindak sampun / angèstokkên ing dhawuh sang prabu / sapraptaning don sacêlaking pawèstri / nulya mèt wanodya sêpuh / murih anjarumi lakon //

apan kalampahan wus / nyai tuwa prapta wismanipun / nyi sudagar kang dhêdhasar ati suci / nampi marang tamunipun / kanthi lêgawaning batos //

nyai tuwa wus tutur / gatinira apan ta ingutus / maring priya anèm kang bagus ing warni / apan nêdya ngajak wanuh / nyai tuwa môngsaborong //

nyi sudagar ing sêmu / datan pisan kawistara rêngu / mung ing batin nêdya mèt upaya sandi / lan dadya atôndha tuhu / kasêtyan ingkang kinaot //

mrih kauningan kakung / nulya nabda mring wong kang dèn utus / umatura yèn dahat sun arsi-arsi / dupi nyi tuwa wus mundur / nyi sudagar nata alon //

angrukti ênggon samun / kang adhapur luwêng mawa tutup / dahat rêmpit mawa kancing kang kinunci / samana duk tamu rawuh / ingacaran malbèng kono //

awating èstri wau / amrih gampil yèn badhe kapangguh / wusing manjing kang tamu nulya kinunci / amung cinukupan butuh / têdhanira datan towong //

kacarita sang prabu / dahat dènnya tansah ngayun-ayun / dene kongsi dangu tan ana pawarti / nulya dhawuh kinèn nusul / wong kang kêni pinitados //

nanging wusananipun / tan prabeda lawan kang rumuhun / samya nunggil kalêbêt mungging piranti / janma kalih pating thrênguk / anèng luwêngan amanggon //

nulya malih sinusul / datan pae kadi kang rumuhun / wola-wali kongsi ping sakawan sami / blang-blêng pan sami kêcêmplung / nong jêroning luwêng growong //

dahat putêk sang prabu / dyan nimbali mring patih linuhung / dhinawuhan têngga salêbêting puri / ywa kongsi ana kang wêruh / katindakna wadi yêktos //

patih sandika matur / nulya bidhal singidan sang prabu / dupi prapta dununging pawèstri julig / dyan nyabawa: kulanuwun / lan malêbêt alon-alon //

apan ing ngriku nuju / nyi sudagar lungguh anèng ngayun / dupi uning ugi wus tan samar yêkti / kalamun iku sang prabu / nuli ingacaran alon //

lah môngga ta priyantun / punapa ta ingkang dados kayun / dene mawi sudi mara tamu ngriki / kula sangêt sèwu nuwun / môngga sampun ewah-ewoh //

mlêbêt mawon inggih: nun / lênggah wontên jawi kirang mungguh / botên sae yèn ngantosa masuk angin / môngga mlêbêt ngriki sampun / rapêt botên walangatos // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 54, 28 Sura Taun Ehe 1860, 6 Juli 1929, Taun IV

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [837] ---

Ôngka 54, 28 Sura Taun Ehe 1860, 6 Juli 1929, Taun IV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Talaga Tjisaroea

[Grafik]

Talaga punika manggèn wontên sapinggiring margi agêng, cêlak hotèl Sindhanglaya. Ing sacêlaking talaga wau wontên rêdinipun, nanging namung tansah kinêmulan ing mega, pêpindhanipun kados tiyang atis akêkêmul.

--- 838 ---

Wêdhar Sabda Dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral wontên ing Polêksêrad, ing Parêpatan Wiwitan Taun

Sambêtipun Kajawèn nomêr 53.

Tumrap taun 1930 kêdah dipun pèngêti, bilih tirahaning arta kabudidayan nagari badhe suda, makatên ugi kêdah dipun jagèkakên, bilih arta pajêg pènutsêkap badhe langkung sakêdhik lumêbêtipun katimbang kadosdene ingkang sampun karancang ing salêbêtipun taun 1929, kosok-wangsulipun Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana kagungan pangajêng-ajêng, bilih pamêdalipun kabudidayan nagari tuwin têtanêmanipun rakyat badhe sagêd ngindhakakên pangasilaning nagari, punapa malih mlêbêtipun arta beya têmtu badhe wêwah kathah.

Gêgandhenganipun kalihan sadaya wau, ing rantaman taun 1930 punika, tumrap waragad umum badhe wêwah 10 yuta tinimbang ingkang sampun karancang ing salêbêtipun taun 1929.

Jalaran saking sabab-sabab ing ngingil wau, tumrap rancangan rantaman taun 1930, pamarentah lajêng kapêksa matêsi tumindakipun pranatan-pranatan enggal, ingkang badhe katindakakên ngêmungakên ingkang prêlu-prêlu, ingkang baku botên kenging dipun kèndêlakên kemawon. Mênggah mandhaping rêgi barang-barang kados ingkang sampun dipun dhawuhakên ing ngajêng, punika dèrèng sagêd dipun têmtokakên watêsipun, makatên ugi dèrèng sagêd dipun pêsthèkakên wêwahing pangasilan ingkang sagêd mitulungi waragad nagari. Jalaran saking punika amila pamarentah kapêksa ngêmungakên kêdah ngêntosi kadospundi kawontênanipun ing têmbe wingking, punapa malih ing bab arta pajêg punapadene pangasilan padamêlan nagari. Dene manawi pamêdalipun sadaya wau sagêd nêtêpi kados pangajêng-ajêngipun, punika lajêng sagêd ngêdalakên waragad tumrap sanès-sanès, ingkang botên badhe kawêdalakên, manawi pangajêng-ajêng wau botên sagêd kadumugèn.

Anyambêti dhawuh pangandika dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana lajêng angandikakakên ing bab anggènipun amiwiti panindakipun wèt tanggal 27 Nopèmbêr 1919, sasampunipun kaputus usulipun komisi nagari ingkang kajibah amanggalih prakawis arta, inggih punika wèt ing bab ewahing murninipun arta ringgitan, rupiyahan lan têngahan dados 720/1000. Sasampunipun angandharakên kawontênanipun arta ingkang kakintunakên dhatêng nagari, prêlu kalêbur saha kacithak malih miturut cara pranatan enggal, tuwin sanès-sanèsipun, ingkang gêgayutan kalihan ing bab wau, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana lajêng andhawuhakên ing bab tatananipun paprentahan.

Ing ngajêng Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana andhawuhakên ing bab wawasan dalêm ing prakawis-prakawis ingkang dunungipun piyambak-piyambak, samangke Ingkang Wicaksana badhe angandikakakên prakawis pintên-pintên ingkang gêgandhengan kalihan kawicaksananipun pamarentah.

--- 839 ---

Salêbêtipun saprapat abad ingkang wêkasan punika, sampun dipun wontênakên ewah-ewahan agêng-agêngan sarana pitulunganipun para ingkang mranata wèt ing nagari Walandi. Ing sakawit ngawontênakên anggêr-anggêr dhesèntralisasi, inggih punika pranatanipun amerang-merang panguwasaning nagari, ingkang lajêng dipun têtêpakên dening ewah-ewahan jêjêring wèt, saha anuwuhakên wontênipun ewah-ewahan pangrèh praja tuwin wontênipun règlêmèn nagari kala rumiyin ingkang lajêng ewah kadosdene wontênipun samangke punika, ingkang sayêktos anyênêngakên manah. Sadaya anggêr-anggêr enggal punika pikajênganipun ingkang prêlu badhe ngêwahi kawontênanipun paprentahan tumrap saindênging tanah Indhia, tuwin paprentahan ing satunggal-satunggaling nagari, ingkang sakawit katindakakên miturut pikajênganipun ingkang nguwaosi nagari, lajêng dados paprentahan ingkang saya dangu saya andayani tuwin suka margi dhatêng têtiyang Indhia, inggih golongan punapa kemawon, sagêdipun tumut angrêmbag lan ambiyantu.

Kanthi rênaning panggalih dalêm, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana angandikakakên mênggah angèling padamêlan ewah-ewahan ingkang sampun kalêksanan punika, samangke wontên padamêlan ingkang langkung angèl malih, inggih punika: anggènipun nindakakên anggêr-anggêr enggal wau, sampun kok namung kasêbut wontên ing sêratan kemawon, kados ta padamêlan murih bêbadan-bêbadan ingkang kasêbut ing pranatan enggal sagêdipun gêsang lan nyambut damêl kanthi yêktosan, padamêlan ingkang anêmtokakên sagêdipun majêng gêgandhenganipun bêbadan wau kalihan rakyat. Piwulang-piwulang ing babad, punika manawi prêlu, kenging kangge bukti, bilih bêbadan-bêbadan ingkang makili rakyat, salêbêtipun nindakakên padamêlan ingkang kapasrahakên, punika sagêd dipun sae panyambutdamêlipun, manawi bêbadan-bêbadan wau sagêd angsal bantuan saking kalanganipun rakyat piyambak, inggih punika: manawi gêgayutanipun bêbadan-bêbadan wau kalihan rakyat, punapa malih bêbadan-bêbadan punika kalihan pamarentah, tumindakipun sagêd sae. Jalaran saking punika, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana lajêng andhawuhakên, murih sagêdipun tumindak kados ingkang sampun kawêdharakên ing ngajêng wau, ingkang wigatos piyambak, rakyat kêdah tumandang kanthi sakiyat-kiyatipun, manawi prêlu tuwin sagêd, sarana kabantu dening pamarentah.

Gêgandhenganipun kalihan prakawis wau, Ingkang Wicaksana lajêng ngandikakakên sawêtawis mênggahing tangkêpipun saperanganing têtiyang Indhia, ingkang asring kasêbut têtiyang golonganing ondêrnèmêng bôngsa kilenan, kalihan bêbadan-bêbadan ingkang makili rakyat.

Sasampunipun, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana lajêng angandikakên gêgandhenganipun bêbadan-bêbadan pamarentah enggal wau, kalihan têtiyang siti. Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana langkung rumiyin angèngêtakên kawontênanipun salawe taun ingkang kapêngkêr. Kala punika sampun dipun akêni dening para ingkang mranata wèt ing nagari Walandi, bilih kamajênganing dhesèntralisasi, cêkakipun kamajênganing [ka...]

--- 840 ---

[...majênganing] pranatan bêbadan-bêbadan ingkang makili rakyat, botên badhe sae, manawi botên sinarêngan kalihan kamardikaning tiyang adamêl pakêmpalan utawi parêpatan ingkang mawa pulitik. Wiwit punika kamardikan ingkang makatên wau, ugi dipun paringi lan dipun pranata. Kêrêp sangêt tuwuh gugatan, makatên ugi ing salêbêtipun parêpatan polêksrad, ingkang nyariyosakên, bilih wontênipun kamardikan wau tumraping tiyang siti, nyatanipun namung ungêl kemawon, gugatan ingkang makatên wau tasahtansah. dipun wigatosakên dening pamarentah. Dene manawi wontênipun gugatan-gugatan wau maton sarta dening pamarentah kenging dipun uwalakên, pamarentah tansah rekadaya murih sagêdipun ngewahi ing bab punika.

Rekadayaning pamarentah ingkang makatên wau, kathah tiyang ingkang botên mrayogèkakên, malah kathah ingkang mastani ambêbayani. Têtêmbungan-têtêmbungan ingkang makatên punika ngantos kamirêngan dening pamarentah. Nanging sanyatanipun, ing sadaya nagari, ingkang anggadhahi kamardikan pulitik tuwin prakawis sosial, punika têtiyangipun ingkang saperangan agêng, tujuanipun têmtu namung cêkapan kemawon, ngêmungakên perangan ingkang alit sangêt, ingkang tujuanipun, manawi botên ngiwa sangêt inggih nêngên sangêt. Nanging manawi kamardikan wau botên dipun wontêni, punika lajêng nuwuhakên tindhêsan, ingkang anjalari langkung kathah malih têtiyang ingkang tujuanipun ngiwa sangêt utawi nêngên sangêt, langkung malih tumrapipun golongan têngahan, ingkang ngrumaosi bilih tindak ingkang makatên wau botên nalar sangêt. Ingkang makatên punika anjalari wontênipun gêsang pasrawungan lajêng botên sagêd santosa adêgipun. Dene pamerang-pamerang ingkang madêg saking kajêngipun piyambak, botên kanthi dipun rêridhu satunggiling pranatan, ngantos andadosakên timbanging golongan rakyat, punika badhe nyantosakakên pasrawungan gêsang wau.

Sêsambêtanipun kalihan bab punika kenging kangge panimbang, punapa pamerang-pamerang golongan rakyat punika kuwawi tumindak miturut kajêngipun piyambak sarana tuntunan Nèdêrlan, kados ingkang dipun kajêngakên dening ingkang damêl anggêr-anggêr. Mênggahing pitakenan punika, pamarentah aparing wangsulan kanthi anêmênakên, malah langkung saking punika, inggih punika: pamarentah anguningani, bilih kalih bab wau kêdah prêlu sagêt tumindak sêsarêngan. Jalaran ing salêbêtipun abad punika, inggih ing nagari Walandi, makatên ugi ing tanah Indhia ngriki, sampun rambah-rambah dipun janjèni ing bab badhe ngajêngakên tanah Indhia dhatêng bab prakawis pamarentahan, amila sampun wajibipun kêdah anêtêpi prajanjian-prajanjian wau, sarana anyêkajêng dhatêng kamardikaning pulitik tuwin ing bab prakawis sosial, kadosdene ing pundi-pundi saindênging jagad ingkang sampun cêtha prêlu kangge kamajêngan wau. Dene manawi tanpa kamardikan kados nginggil, badhe botên kêcêkap ajênging bêbadan-bêbadan enggal wau, ingkang makatên punika dados sulaya kalihan ingkang damêl anggêr-anggêr ing nagari Walandi, dados inggih lajêng jugag tuwin gèsèh kalihan ingkang kakajêngakên. (Badhe kasambêt)

--- 841 ---

Panglipur Manah

Mêndêm Kutut

[Mêgatruh]

mêgat wuwus marna janma mêndêm kutut / kang wus kêtlêtuh nrêsnani / lamun nelad uninipun / kadi kutut manggung yêkti / gulu amarêngkêl gondhok //

watêkaning janma kang rêna mring kutut / kadunungan ambêg pyayi / têntrêm nèng wisma pitêkur / anganti unining pêksi / lamun ngrungu ngrasa notog //

sabarang rèh sarwa alon lirih alus / yèn ngrungu swara mêdèni / sanadyan ta anak putu / sayêkti kêtiban uni / yèn kêladuk antuk thothok //

yèn lumaku anèng dalan môngka krungu / swaraning kutut umuni / sanadyan laku kêsusu / grêg nilingkên sawatawis / trêkadhang lèrèn ngalosod //

[Grafik]

Tiyang kèrêm ngingah pêksi.

lan sanadyan mring kang darbe durung wanuh / datan ewuh anakoni / lawan kosok-wangsulipun / kang darbe rêna kapati / kalamun ana wong takon //

kang adhakan sajarah aslining kutut / maksih kutut Majapait / nulya anjog rêginipun / kongsi tan ilok kapati / satus rupiyah kêropyok //

nanging mungguh janma kang mangrêti kutut / satus iku maksih sipil / adhakan ngungkuli rêmbug / yèn kutut darbèke nguni / rongatus dèn bayar ngênggon //

tanpa rampung rêrêmbugan gumarumung / mangkana watêke sami / ing mangkya gantya winuwus / cake kang rêna sajati / kongsi pinèt ing cariyos //

duk ing dangu ana janma aran anu / rêmênira maring pêksi / dahat dènira kêpasuk / yèn ta wênanga upami / pinrih mati mêksa mogok //

yèn pinetung gêsangira amung cukup / nanging darbèkira pêksi / tinapsira luwih

--- 842 ---

sèwu / nèng wisma pinêtri-pêtri / ngasorkên barleyan abyor //

rina wêngi amung nguli-uli kutut / tan pae mrêti raryalit / kang upama mulês ngêlu / dene kalamun basuki / ngrasa têntrêm karahayon //

lamun esuk wayahing jago kaluruk / wus nyêkukruk angêntèni / anèng sangisoring kutut / ak ok ak ok nyasmitani / amrih kutut nyambung ulon //

palêthèking baskara nuli umêtu / alon-alon angèrèki / sadaya wusira rampung / nulya alon mapan linggih / kang patehan wus mirantos //

nulya ngiling wedang kandêl gula batu / caking gula glathik mingip / manthongol nèng cangkir cubung / ing samôngsa kutut muni / ngombe sripit gèdhèg alon //

lamun nuju katêkan rasa kadyèku / nadyan lêluwur ngrawuhi / datan pisan pinaèlu / prêlu ngêmatkên kariyin / anak putu bojo adoh //

apan pêthuk janma iku antuk kancuh / samya janma rêmên pêksi / sawijining ari gathuk / samayan rêmbugan dadi / adu anggung tunggal ênggon //

umun-umun tamu nywara kulanuwun / kang darbe wisma ngêtoni / tan nyabawa mung ambêngkuk / jêmpol obah ngacarani / awit saking ngatos-atos //

bêtèk samar lamun anggiraskên kutut / tan antara nulya sami / jak-ajakan ngèrèk kutut / nèng papan pinisah têbih / lawan mapan misah ênggon //

wus miranti wedang tèh maksih kumêlun / sês kalobot sata tyangbi / kang upêt kumêlun muluk / labêt datan antuk angin / janma karo pating dhrêlog //

ciptèng kalbu wus nunggil pangidhêpipun / amung nganti kutut muni / dilalah nyarêngi nuju / katon janma amikul pring / krêngkot-krêngkot angêcocong //

nyat lumaku ki wisma amundhuk-mundhuk / lan ngucap: mas mikul êpring / bok alon bae wong bagus / prêkututku mundhak wêdi / hêm prasasat dudu uwong //

wuse laju ki wisma nuli kêrungu / janma tawa tahu goling / dènnya nyabawa ing sêru / nulya gèdhèg lan marani / e e dene ora ilok //

bok ya aja kaya ngono galo kutut / kowe apa ora ngrêti / cêp wong kang mikul ambacut / tan antara kutut muni / hur kêtêkung gèndhêl abot //

kang umuni kutute ki wisma iku / dyan andhangak nyasmitani / nanging tan dangu sinusul / hur kêtêkung gêgirisi / bumi lir orêg karaos //

wong kang darbe wisma gèdhèg-gèdhèg ngungun / rumasa kang pêksi kontit / wêkasan kataman gandrung / mring pêksi kang unggul jurit / mung umindêl dhêlog-dhêlog //

lamun nuju kala-kala kangên ngrungu / tan abot prapta nuwèni / kalamun pinuju krungu / anggungira punang pêksi / sêgêr sumyah nrus ing batos //

pinugut wus rarasing karênan kutut / pinaido datan kêni / awit sênêng jatinipun / rêrabuk ngayêmi ati / nungtumi wèh karahayon //

--- 843 ---

Tanah dalah Tiyangipun

Tatacaraning Among Tani

Sanadyana têtanèn, ingatasipun bab piandêl punapadene tatacaranipun, ngrika-ngriki bokmanawi botên sami. Mila ing ngriki prêlu kula andharakên sawatawis, inggih punika tatacara ingkang sampun umum tumrap têtiyang ing padunungan kula.

[Grafik]

Anggarap sabin cara Jawi Wetan.

Ing môngsa ngajêngakên wontên jawah, salêbaring palawija tiyang tani sampun miwiti mluku sabinipun ingkang kapisan, punika dipun kèndêlakên ngantos wontên jawah ingkang wiwitan, sabin wau lajêng dipun luku malih kawastanan: nugêl. Manawi sitinipun taksih katingal agal inggih dipun luku malih ngantos ajur ngiras amopoki galêngan. Ing wêkdal makatên pamalukunipun sarana toya murih enggaling dados lumêr. Sasampunipun makatên lajêng dipun garu wongsal-wangsul ngantos dados leleran badhe katanêman pantun. Ing antawisipun wiwit mluku ngantos dumugining anggaru ngadatipun mawi wilujêngan (kêndhuri) sakuwaosipun, yèn ingkang ragi kacêkapan mawi tumpêng, dene ingkang botên gadhah namung trimah jênang-jênang abrit (jênang sêngkala), punika ujubipun milujêngi anggènipun ambikak siti, murih tinêbihan ing sambekala, sampun ngantos wontên sandhungan satunggal punapa, widadaa ngantos tanêm.

Sasampuning kêmput anggènipun tanêm inggih ngawontênakên kêndhuri malih, kados ta mawi sêkul kabuli, golong tuwin ubarampe sapêpakipun. Mênggah kajêngipun milujêngi tanêmanipun sagêda kalis ing sêsakit, kajawi punika mawi akêkutug ing tulakaning sabin, limrahipun ingkang nindakakên sawênèhing tiyang sêpuh ingkang kanggêp mumpuni ingatasipun bab akêkutug.

Yèn pantun sampun mêtêng têtiyang tani sami ngawontênakên wilujêngan ingkang kula anggêp agêng-agêngan, inggih punika kawastanan ningkêbi (tingkêban) utawi kêlêman. Dene anggèn kula sagêd mastani wilujêngan agêng-agêngan wau, sabab mawi nanggap ringgit wacucal, trêkadhang mawi mragad lêmbu. Ugi mawi angawontênakên têtêdhan warni-warni kadosdene [kado...]

--- 844 ---

[...sdene] tiyang gadhah damêl mantu. Limrahipun môngsa pantun mêtêng inggih punika ing wulan: Pèbruari - Marêt. Dados ing wêkdal punika dados kauntunganipun kiyai dhalang, punapadene tiyang ingkang asimpên ringgit wacucal punapadene gamêlan, awit ngrika-ngriki sami prêlu nanggap. Dene limrahipun mêndhêt lampahan ingkang mawi nyariyosakên Dèwi Sri, kados ta: Sri Sadhana, utawi sanèsipun ingkang gêgayutan bab prêluning tingkêb wêu.wau.

Ananging sarèhning têtiyang tani botên mêsthi sami kacêkapan sadaya, dados bab pananggaping ringgit wau namung karingkês manggèn wontên ing griyanipun sêpuh dhusun, kados ta: pêtinggi utawi kamituwa. Ewadene ing bab waragad inggih saking paguyubanipun kônca dhusun sadaya ingkang sami gadhah sabin, wontên ingkang kabêbahan urun wos, têtêdhan mêntah utawi matêng, ulam-ulaman, punapadene balônja tumrap ubarampening tingkêban, sawênèh wontên ingkang namung urun arta, sawênèhipun malih namung urun bau kangge nindakakên prêlu punika. Ingkang makatên wau ngatingalakên têtiyang dhusun sami iyêg, tarkadhang mawi ngulêm-ulêmi têtêpanganipun mônca dhusun utawi priyantun sawatawis ingkang gadhah wêwêngkon, supados sami anjênêngana kajatipun ningkêbi sabin sinambi amriksani ringgit, makatên ugi para tiyang dhusun ingkang rêmên cariyos ringgit anggèning ningali ngantos ngêbyar.

Lêlampahan makatên wau gêntas-gêntos sabên dhusun sami wilujêngan kêlêman. Dene ingkang minôngka sarat masrutipun inggih punika toya sêkar sataman ingkang dumunung ing bokor kuningan ingadhêp kiyai dhalang, enjing kapêndhêt, kabêkta dhatêng sabin prêlu dipun êsok ing tulakan, dene ingkang nindakakên inggih punika satunggiling tiyang sêpuh ingkang piniji, ugi mawi kêkutug, kirang langkung ujubipun angaturi sêsaji tumrap bapa akasa ibu pratiwi, sagêda anglulusakên anggèning andum rijêki tumrap tiyang dhusun sadaya. Mêdalipun kêndhuri nuju wanci jam 12 dalu mawi tumpêng kirang langkung wontên pitu, sami kakupêng ing tiyang kathah wontên ing sawingkinging kêlir. Mila tiyang ingkang ujub-ujub wau inggih kêdah milih tiyang ingkang sampun kulina.

Benjing manawi pantun sampun gumadhung ugi ngawontênakên wilujêngan malih, kawastanan: wiwit, inggih punika môngsa pantun ngajêngakên dipun ênèni, wilujêngan wau awarni pala kêpêndhêm, wontên uwi, talês, garut, kaspe, katela rambat, kacang, kêtan, rêngginang, wajik, suwêg, sêkar borèh mawi arta kalih sèn, sêkul bucêt, sompilan gantèn mawi sata eca, jadah, tigan ayam mêntah utawi matêng, sami dipun wadhahi ing takir katumpangakên ing pras (ancak alit mawi suku dêling lancip) prêlu katancêbakên pojokaning sabinipun piyambak-piyambak. Kajawi punika mawi dipun kanthèni bumbung alit kêkalih isi badhèg dipun sumpêli kapas. Nalikanipun nyèlèhakên ancak ing sabin wau wanci srêngenge lingsir (± jam 3-5 sontên) kawastanan idêr-idêr, mawi ambêsmi tosan, katindakakên dening tiyang sêpuh ingkang sêpuh ingkang piniji wau. Sasampuning makatên lajêng mugut pantun saking salah satunggiling [satung...]

--- 845 ---

[...giling] kêdhokan watawis kalih agêm, prêlu kangge pangantenan kabêkta mantuk, lêt 3-4 dintên, lajêng wiwit dipun ênèni.

Dene pantun pêngantenan punika benjing manawi pantun ing sabin sampun kainggahakên dhatêng lumbung sadaya, katumpuk ing nginggil piyambak, namanipun têtindhih, kangge jagèn kaurit benjing rêndhêng ngajêng. Sampun tamtu kemawon murih cêkaping wiji mawi kaêmoran pantun sanèsipun.

Mênggah warilipun tiyang tani ing ngriku, manawi pantunipun dumunung ing lumbung dèrèng jangkêp salapan dintên, sanajan wontên prêlu punapa kemawon botên purun andhudhah. Dados mandhapipun pantun saking lumbung sakêdhikipun kêdah sasampuning salapan dintên laminipun, tur sasampunipun dipun wilujêngi.

Kados ingkang kacariyoskên ing nginggil punika, bokmanawi ing sanès panggenan wontên beda-bedanipun inggih nyumanggakakên. Dene prêlunipun bab punika kasêrat ing ngriki, namung minôngka pêpèngêtan, bokbilih ing wingking wontên ewah-ewahaning kawontênanm, dados gampil anggèning angyêktosi kaotipun.

Wasana kula nyuwun pangapuntên.

Nirrasa.

Pakampungan ing Tanah Madura

[Grafik]

Gambar ing nginggil punika kawontênaning tanah Madura. Dene griya ingkang katingal punika pakampungan ingkang mêncil têbih saking pakampungan sanèsipun.

--- 846 ---

Jagading Wanita

Bab Olah-olah

Adulima.

Adulima punika unjuk-unjukanipun para luhur bôngsa Jawi, ingkang raosipun sakalangkung sêgêr sumyah dhatêng sarira. Ingkang murwani adamêl unjuk-unjukan adulima wau swargi Gusti Kangjêng Bandara Radèn Ayu Mangkunagara kaping IV. Mênggah pandamêlipun makatên: angêkuma uwos ingkang sampun dipun pususi, watawis 1/2 kati. Manis jangan 4 iji, ingkang panjangipun watawis sadriji, kêncur 4 ênthik. Manis jangan lan kêncur wau kabakara sampun ngantos gosong, lajêng kapipisa ingkang lêmbat sangêt, tumuntên kapipis malih kalihan kum-kuman uwos wau ingkang ngantos lumêr sangêt. Lajêng anisira gêndhis kalapa watawis satangkêp (tangkêpan: sêdhêng), asêm watawis rêgi 3 sèn, kaangkaha supados ragi kaduk kêcutipun, tumuntên katoyanana watawis 5 gêlas toya mêncêp, sisiran gêndhis lan asêm wau lajêng karêmêd-rêmêda ingkang gêndhisipun ngantos ajur, klamuding asêm ngantos rêsik mrasuk ing toya gêndhis, ampasing asêm kabucalana. Sasampunipun rêsik, lajêng kauworana pipisan uwos lan kêncur manis jangan wau, kalihan kawênyêt-wênyêta ingkang ngantos ajur, lajêng kasaringa ing suwekan sinjang ingkang sumrawang (bêbêtahan ayakan ingkang lêmbat punika inggih sampun cêkap) tumuntên kawadhahana (utaminipun: grêgêlèk) bilih badhe ngunjuk: kajogana rumiyin, sabên sagêlas toya: namung kailingana 1/2 kemawon, lajêng kacêmplungana ès ingkang kêpara kaduk. Pangunjuking adulima wau mathukipun katujokna ing wanci pukul 12 dumugi pukul 4 siyang. Bilih sarira namung karaos kirang sakeca sawatawis kemawon, kados ta mêntas kasok kagêm mara damêl, utawi kraos prungsang, grêgês-grêgês, anggêr dipun unjuki adulima, sanalika sagêd sênggang, dening sangêt miraos asêgêr sumyah. Mila namanipun adulima, amargi saking abên-abênan gangsal: 1. uwos, 2. kêncur, 3. manis jangan, 4. asêm, 5. gêndhis.

Gadhon putri kungkum.

Gadhon putri kungkum punika, ulam ayam ingkang taksih nèm, namung kapêndhêta dhadha mênthokipun kemawon, kacacaha ingkang lêmbat, roti sêkul nyakêthipan: sapalih, kulitipun kabucalana, lajêng dipun kuma ing santên kanil, bilih sampun mêdhok, kapêrêsa ingkang ngantos apuh, tumuntên kaulêta lan cacahan ulam dhadha mênthok ayam, mawi kauworana jênean tigan ayam 2 iji. Lajêng aracika bumbu: uyah trasi brambang bawang tubar jintên sapantêsipun, kaulêga ingkang lêmbat, lajêng kasurana santên ingkang kêpara kênthêl, ulêtan ulam ayam, roti, jênean tigan wau lajêng kawungkusana, ing sawungkusipun kaisènana antawis sacuwolan, tumuntên anyidhuka santên wau kaêsurakên ing cuwolan [cu...]

--- 847 ---

[...wolan] ulam ayam lan roti wau, anggêr nyidhuk kalihan dipun udhaka, supados bumbunipun sagêd wradin awor lan santên. Anggèning anduduhi: sawungkus watawis 4 sendhok dhahar, saha mawi kadèkèkana godhong salam salêmbar. Raosing gadhon putri kungkum wau: gurih anyir nyunyur. (Badhe kasambêtan)

P.

Kawruh Sawatawis

Pamanggih ingkang Sampun Kasilêp.

Ing ngriki kula sumêdya amêdharakên pamanggih kula kasêbut ing nginggil. Ing nalika taun 1908 kula gadhah pamanggih inggih punika damêl kalèndhêr (pananggalan) dene kalèndhêr wau migunani tumrap ing padhusunan, utawi tumrap bôngsa èstri ingkang kulina dhatêng petanganing dintên pêkênan. Kalèndhêr punika ringkês tur pamriksanipun gampil. Sarèhning bôngsa kula punika pathokanipun warni-warni, ing kalèndhêr wau kadamêl sagêdipun sami pikantukipun. Kados ta wontên ingkang ngangge dintên, wontên ingkang ngangge pêkênan. Upaminipun wontên tiyang pitakèn: anggèn panjênêngan kagungan damêl benjing dintên punapa. Wangsulanipun benjing Sênèn ngajêng punika ping... Wontên malih ingkang pitakèn, benjing pêkênan punapa anggèn panjênêngan kagungan damêl, wangsulanipun: benjang Wage ngajêng punika tanggal ping... Punika tumrap ing padhusunan kalimrah sangêt. Mila ing kalèndhêr wau namung kula cêkak dintên lan pêkênan murih sami sakecanipun. Murih awètipun, kalèndhêr wau ingkang kadamêl krêdhus, namaning dintên lan pêkênan mawi karkir linên (mori kêrtas) amargi ôngka-ôngka ingkang sampun kasêrat ing grêdhuskrêdhus. rêkaos sangêt bilih badhe kaewahan. Mila namung dintên lan pêkênan ingkang katarik (kaewahan) ing sawulan sapisan kaprênahna ing sanginggiling kothakan ôngka 1 makatên sapiturutipun sabên wulan sapisan. Pandamêlipun makatên: dintên lan pêkênan wau kasêrata wontên ing dalancang wiwit Sênèn dumugi Ngahad, ukuranipun manut kados wujuding kothakan, mriksanana kalèndhêr, lajêng kasêrat malih ugi wiwit Sênèn dumugi Ngahad, wusana ing sipataning pananggalan wau ingkang nginggil piyambak utawi ngandhap piyambak sami dipun bolong, dalancang lajêng kalêbêtakên ing ngriku, tumuntên kagandhèng kadosdene gêlang, dados sabên wulan kantun ngingsêr kemawon, kaubêngakên, tanggalipun sapisan wontên ing dintên punapa. Tumrap pêkênan makatên ugi, namung traping panyêrat beda sakêdhik, mriksanana kalèndhêr.

Kajawi punika inggih kêdah mriksa umuring wulan 28, 29, 30, 31, (wulan Walandi), dene yèn badhe kangge wulan Jawi 28, 29, 30. Ing ngriki ingkang kula angge wulan Walandi, mila ôngka-ôngka wau dumugi 31.

--- 848 ---

Pola kalèndhêr kados sasisih punika, manawi wontên ingkang kaparêng nyobi kula sumôngga. Conto punika wulan Juli, dhawahing tanggal 1 Agustus wontên Kêmis Lêgi, Kêmis lan Lêginipun kapindhaha ing kothakan ôngka 1 makatên salajêngipun, sawulan sapisan.

[Grafik]

Ingkang mawi têtêngêr sêtrip kalih punika dalancang ingkang kenging kasalobokakên.

Kula pun Kartasudarma.

P/a Mas Sêcadiwirya. Mantri tèkênar irigasi Kudus.

[Grafik]

Ing sisih punika gambar kêbêsmèn agêng ing Grêsik. Ing nginggil gambar sasampuning latu sirêp. Ing ngandhap gambaring barang-barang ingkang kenging kaungsèkakên. Kawontênan ingkang kados makatên wau, para maos sagêd nêpakakên piyambak kadospundi mênggahing raosipun. Kados ta mirid sirnaning griya tuwin rajadarbèkipun, sawêg morat-mariting barang kemawon sampun damêl kasusahan. Manawi dipun manah, tiyang kêbêsmèn punika saminipun kados tiyang kasripahan.

--- 849 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Èwêd Pakèwêding Pangkat Pangrèh Praja

VII.

Garèng : Ora, Truk, kowe kuwi salawase, sing kok anggo alan-alan têka mung priyayi pangrèh praja, tur sing bôngsa Jawa, nèk rumasaku kok wis dadi kalumrahan urip ana ing donya kene, idham-idhamane kabèh uwong supaya diajènana, dadi iya disêmbah-sêmbah ing sapadhane umat, mung bae ana sing panjaluke narima samadya bae, nanging iya ana sing kaladuk, nganti anduwèni rumasa yèn awake isih ipene Jabarail, dadi ngrumasani kabrêkahan bisa anjabut nyawa. Iya ora ngêmungake bôngsa Jawa thok bae, sanadyan bôngsa Walônda, utawa bôngsa liya-liyane mêngkono uga. Kaya ta: para Walônda sing padha nyambut gawe nyang kantor-kantor guprêmèn, kuwi nèk isih pangkat; klèrêk, lumrahe têtêpungane karo priyayi Jawa, mula iya sok ngrêsêpake têmênan, nanging ing têmbe nèk wis dadi komis, ana sing sok banjur salin salaga, nèk ora disêbut: dara tuwan komis, iya sok malerok bênggala têmênan. Apamanèh para Walônda sing padha nyambut gawe nyang pabrik, salawase isih pangkat sindêr, têtêpungane iya bêcik bangêt, nanging yèn wis apangkat: administratur, hla, kuwi ana sing nèk ora disêbut: kangjêng, utawa apês-apêse: tuwan bêsar, utawa manèh nèk ora disêmbah sedhokan, iya sida ajaja bang mawinga-winga têmênan.

[Grafik]

Petruk : Wiyah, kok banjur kêdlarung-dlarung mêngkono omongmu, ngrêmbug barang sing ora-ora. Nanging sanyatane mono, nèk dipikir dawa, anane kaurmatan sing luwar biasa kiyi dudu lupute wong sing diurmati, nanging nèk panêmuku saka salahe sing awèh urmat dhewe. Mungguh tuwuhing urmat sing kêladuk mau, sing akèh sakawit jalaran saka kamelikan, utawa saka wêdining atine, lan ana uga sing jalaran saka sampurnaning kawruhe wirasat.

Garèng : Nèk tuwuhe urmat luwar biasa jalaran saka kamelikan utawa wêdi, kuwi aku pancèn iya: mu.. pa... kat. Sing jalaran saka kamelikan upamane mangkene: wong

--- 850 ---

golèk pagawean, sowane nyang panggêdhe disaranani nglemprak, nèk kabênêr didangu, panyêmbahe tanpa ana sêtoplatse, prêlune cikbèn diarani wong sing ngrêti nyang tatakrama, nèk-nèke bisa banjur katampan anggone nglamar pagawean mau. Dene urmat kaladuk sing jalaran saka wêdi upamane: wong sing salawase urip ora tau canthuk lawung karo panggêdhe, kuwi rumasane, panggêdhe ki sok cêpak dukane, dadi barêng kabênêr ngadhêp, anggone urmat iya banjur luwih saka mêsthi kae, jalaran tansah wêdi bae, kuwatir yèn bakal nampani dêduka. Dadi yèn jalarane sabab rong prakara mau, aku iya prêcaya. Balik anggone awèh urmat luwar biasa, jalaran saka sampurnaning kawruhe wirasat, hla, kiyi pikiranku banjur cuthêl sanalika.

Petruk : Lho, kuwi mêngkene: wong kang wus sampurna kawruhe wirasat, kuwi yèn arêp-arêpan karo sawênèhing uwong, sanalika kono iya banjur sumurup bae apa kang dadi kêkarêmane, lan ing sarèhning wong urip wajib ambudidaya murih bisa gawe sênênging liyan, sabisa-bisa iya kudu rekadaya murih bisa angladèni apa sing dadi pakarêmaning liyan. Iki sabênêre lêlakon ana ing donya sing angèl bangêt, awit pakarêmane wong iku dhewe-dhewe, ana sing karêm nyang ngrêrasani alaning liyan, ning kiyi ora prêlu kok ladèni, arane mundhak makani setan, ana sing karêm angrêmbug ngèlmu tuwa, nanging uga ana sing karêm tur nganggo bangêt, marang diurmati sing luwih saka mêsthine, wong sing sampurna kawruhe wirasat, saklebatan iya banjur wêruh bae, lan ing sarèhning urmat sing kaya mêngkono kuwi ora ana rêgane, dadi ora bakal agawe pituna awake, ing môngka ana wajib sing mrentahake supaya agawe sênênging pêpadhane umat, wong mau nèk kêpêthuk karo priyayi sing karêm kaya ngono, umateurmate. iya diêjor bae, bokmanawa malah sêmbah sing disimpên iya diêtokake kabèh.

Garèng : Wiyah, omonge kok banjur ngayawara mêngkono, wis, wis, disêtop sêmene bae. Saiki aku arêp takon mungguhing panêmumu. Ing ngarêp kowe sajak ngapêkir anane pranatan pilihan lurah, kuwi rak banjur gèsèh karo ancasing jaman. Yaiku arêp angudi marang wêdana mrentah dhewe (autonomie), apa aku lan kowe ora wajib sêmbah nuwun marang ingkang kuwasa, dene ing desa-desa otonomi mau wis bisa tumindak. Kok malah banjur mada.

Petruk : Lho, nèk tata laire iya pancèn bêcik, nanging tumindake, kuwi sing sok ora mitayani. Ing ngarêp aku wis ngomong, yèn dadine lurah kuwi sing andadèkèke wong cilik, nanging wusanane sing nganggo kok priyayi. Dadi saupamane priyayi nganggokake, sanadyan wonge desa ora sudi anduwèni lurah mau, biyasane lurah mau iya lêstari anggone dadi lurah. Kosok-baline: wonge desa dhêmên, priyayine ora krêsa nganggo, iya bisa kalakon lurahe dicopot têmênan. Mungguh anane wawênang mrentah dhewe ing desa, kuwi sajake iya pancèn bêcik bangêt,

--- 851 ---

upama rata-ratane wong desa wis padha pangajaran kabèh. Ananging ananing praktike lurah lan para prabot desa bae, sing nindakake paprentahane, tur kabèh sarana prentah saka dhuwur, lumrahe ora kanthi sarujuke wong-wong desa.

Garèng : Wiyah, kuwi rak jaman biyèn, kowe kok ngilang-ilangake anane pêpacak putusan desa, ing kono rak disêbutake: nèk arêp ngêtokake wragad akèh, utawa manèh ana prentah sing abot, anggone nindakake kudu ngêntèni putusan desa dhisik, wis samene bae dhisik.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Kawartosakên benjing rawuhipun Sri Narendra ing Siyêm sakalihan ing tanggal 5 Agustus ngajêng punika, ing palabuhan II ing Tanjungpriuk dipun dêgi papilyun dening B.O.W. wiyar tuwin panjangipun 10 m, payonipun layar acagak sakawan. Sanginggiling cagak wau dipun panjêri bandera Walandi tuwin Siyêm, lan ugi ing palabuhan wau dipun rêngga-rêngga. Ing dintên dhatênging kapal pêrang Maha Chakri, ingkang dipun titihi Sang Nata Siyêm wau, mêsin mabur marinê kathah sami anggêgana mapag tamu wau. Kapal-kapal gupêrmèn ingkang wontên ing palabuhan sumadhiya tuwin dipun rêngga-rêngga. Jam 10 siyang kapal Maha Chakri dumugi ing palabuhan. Kanjêng Tuwan Ingkang Wicaksana kanthi para pangagêng sanès-sanèsipun sami mapag minggah ing kapal. Ing palabuhan dipun sadhiyani wadya dharatan sakumpêni jêjagi kanthi musik militèr, angungêlakên lagu kabangsan Siyêm, kajawi punika mawi ngungêlakên mariyêm salikur rambahan minôngka pakurmatan rawuhing tamu. Para tamu tuwin ingkang mapag lajêng sami nitih sêpur èksêtra bidhal dhatêng Wèltêprèdhên. Ing sêtatsiun ugi dipun sadhiyani wadya jagi sakumpêni jangkêp sabandera musikipun. Saking sêtatsiun lajêng bidhal dhatêng pura dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana, dipun garubyug ing wadya kapalêri, ing pura inggih dipun sadhiyani wadya jagi sakumpêni dalah musikipun.

Ing dhusun Pêngadêgan bawah Purbalingga, wontên tiyang dipun sêmbêlèh gulunipun, jalaran prakawis rêbatan tiyang èstri, tatunipun ngrêkaos. Wasana lajêng kabêkta dhatêng griya sakit gupêrmèn ajêjampi ing ngriku.

Kala tanggal 23 wulan punika, pamulangan Adidarma ing Ngayogya damêl pasamuwan ambêbingah para murid ingkang sami tamat saking pamulangan, dipun pangagêngi Tuwan Suryapranata. Dalunipun malih karamean wau dipun lajêngakên dening padpindêr P.S.I. apdhèling Mataram, sarana mawi bayaran, angsal-angsalanipun badhe kangge prêluning pakêmpalan wau.

Sabibaring kabêsmèn ing Grêsik, dumugi sapunika sampun kathah griya alit-alit ingkang dipun êdêgakên wontên ing kampung Kroman. Têtiyang ingkang sampun angsal panggenan wau sami rumaos atêm.ayêm. Dene pitulungan sanès-sanèsipun dèrèng katingal.

Kados ingkang sampun kawartosakên ing Kajawèn, punapadene ing sêrat kabar sanès-sanèsipun, ing bab tiyang ingkang angsal pamênang lotre f 150.000.- tuwin f 100.000- punika sami botên têmên, dene wartos ingkang yêktos dèrèng wontên.

Ing wêkdal punika ing Bandhung tuwin Batawi para pulisi sawêg ibut analiti kawontênanipun têtiyang èstri ingkang lampah awon, kathah têtiyang èstri ingkang kados makatên wau sagêd kacêpêng, nanging ugi kathah ingkang ngungsi dhatêng sanès panggenan.

Wangsulan saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 338 ing Sugihan. Sêrat panjênêngan dipun upadosi botên pinanggih, namung bab sêsakit gudhig, prayoginipun nyuwun pitulungan dhatêng dhoktêr kemawon. Dene bab sanèsipun botên sagêd ngaturi katrangan.

Lêngganan nomêr 681 ing Surakarta. ingkang sade Boekhandel S.M. Diwarna ing Kuthagêdhe, Ngayogya.

R. Singgih, ing Pedan. Karangan panjênêngan kêcêlakên, mila botên kapacak. Dene karangan panjênêngan ingkang panjênêngan ngandikakakên, prayogi kakintunakên, manawi sae badhe kapacak.

Lêngganan nomêr 1527 ing Kuthagêdhe. Ingkang panjênêngan dangokakên buku wèt punapa. Kintunan arta rêgining Kajawèn, ingkang kakintunakên kala wulan Mèi f 1.50 sampun katampèn. Dhaptar kakintunan.

--- 852 ---

Wêwaosan

Sêrat Bayan Budiman

Karanganipun Mas Arjawiraga.

8.

[Gambuh]

nyai sudagar wau / nulya alon angêngakkên pintu / sri narendra tan sawala nulya manjing / lan kinunci jêthèt sampun / kalajêng malêbêt ngêrong //

ananging sang aprabu / tan rumaos kalêbêt pakewuh / mung rinaos nèng lêbêting kamar adi / lan nulya kêpanggih wau / lawan wadya pating dhrêlog //

angandika sang prabu / kanthi sêrêng kawistarèng sêmu / lah mangkono patrapmu ingutus gusti / lah padha apa gawemu / kongsi lali marang pakon //

wontên wadya kang matur / dhuh-dhuh gusti mugi sampun bêndu / anggèn amba sadaya wontên ing ngriki / mung nganti kangjêng sinuhun / amrih uninga sayêktos //

sampun malih pun cubluk / sanggyaning kang wadya sadayèku / nadyan gusti ugi kalêbêt piranti / gusti mênggah yêktosipun / paduka wus klêbèng ngêrong //

sang prabu dahat bêndu / nanging datan pisan bangkit mêtu / pan kêpêksa nèng ngriku sawatara ri / linadosan muwah-muwuh / nanging wus kadi wong blênggon //

ing antara ari wus / ki sudagar apan ta wus wangsul / wusing ngaso nyi sudagar nyrahkên kunci / kinèn angwêngakkên kakung / apan ta uwus kalakon //

dahat kampitèng kalbu / ki sudagar tanya purwanipun / dene ngriku wontên janma dèn simpêni / nulya sajarwa sang prabu / ngandika saliring wados //

sudagar ngraos luput / dene wontên tindak kang kadyèku / dyan sri nata sajarwa wosing wigati / jinarwan ing purwanipun / praptèng wêkasan ing mêngko //

sudagar dahat ngungun / nulya dhawuh wau jêng sinuhun / angganjar mring nyai sudagar kang luwih / lan têtêp minitra tuhu / lan sang prabu sakarongron //

apan ta titi sampun / bayan nulya awacana arum / lah makatên wau kang cariyos nyai / dados mênggah èstri iku / tan kenging winastan awon //

ugi wontên kang luput / nanging ugi wontên kang linuhung / lah punapa prêlu nulad ingkang sisip / awit mênggah budi cukup / ywa anggung ancu kemawon //

4. Pamitraning undhagi kalihan kêmasan.

[Pocung]

pan wus dangu Siti Jenab kapirangu / anggung kandhêg ing tyas / dening kapalangan pêksi / cêcarita bangkit amêmuru sêdya //

enjingipun ni sudagar pungun-pungun / tuwuh ciptanira / èngêt maring sang apêkik / duk umindêl pêksi bayan nulya nyapa //

ucapipun dhuh nyai bok inggih sampun / nyipta panjang-panjang / dhatêng kang alampah grami / yèn numusi mindhakan kirang sakeca //

yogyanipun sinambi andongèng sampun / cobi kamirêngna / dongèng kula bokmanawi / andadoskên jalaran panglipur duka //

duk ing dangu wontên cariyos rinungu / janma amêmitran / satunggal dados undhagi / kang satunggal pakaryanipun kêmasan //

sami rukun tan nate sawalèng kayun / dènnya nambut karya / bantu-binantu salami / datan nate anêmahi pasulayan //

lamun antuk samya binage sarujuk / lan samya narima / tan pisan salayèng kapti / marma anggung têntrêm ing salaminira //

nanging nuju mangguh wêkdal tan panuju / dènnya ngupajiwa / tan pisan antuk pakolih / janma kalih koncatan kang budi daya //

marmanipun ciptanira kongsi samun / yèn ta ngantêpana / tan nêdya amèt pangudi / ing sayêkti kapiran wêkasanira //

golongipun janma kalih nêmpuh purun / badhe tilar praja / anjajah mring liyan nagri / angêngudi antuking pangupajiwa //

wusing rêmbug nulya bidhal maring purug / nanging tanpa karya / nadyan nèng liyan nagari / dènnya apês tan pae kaananira //

amung bingung sakèhing pakaryan suwung / nadyan kathah janma / ananging prasasat sêpi / dene nyata tan ana mitulungana //

wusing tutug dènira wontên ing purug / apan duk samana / janma wau uning candhi / ingkang dadya pêpundhèning wong sapraja //

candhi wau apan wontên isinipun / golekan kancana / wus saplak janma sajati / mila dadya pêpujaning para janma //

dupi wêruh ciptanira nulya tuwuh / samya darbe sêdya / ugi tumut amêmundhi / anut maring lampahing janma ing praja //

nanging amung môngka srana mrih pitulung / yèn sampun kanyatan / antuk piandêling janmi / apan nêdya anindakkên paracidra //

sêdyanipun manawi ing benjang lamun / antuk kalamôngsa / kang tan kinintên ing janmi / punang golèk kancana arsa dhinustha //

ciptanipun yèn ta kasambadan sampun / yêkti kalampahan / bangkit nganggur ing salami / datan mawi sarana anambut karya //

pan ing ngriku janma kalih anut laku / dahat kawistara / dènira sayuk amundhi / malah kongsi nglangkungi sasama-sama //

dyan kadulu tumêmênira ing laku / janma kathah nulya / samya ngalêmbana yêkti / apan pantês pinuji dadya pangarsa //

golongipun janma ing sapraja sampun / nêdya nêtêpêna / maring kang janma kêkalih / amrih samya tinêtêpkên juru ngrêksa //

kalakon wus pinatah rumêksa lulus / lan katon prayoga / datan pisan nguciwani / ing satêmah wong sapraja samya suka //

dyan tumanduk paracidra kang pakantuk / tan wontên uninga / malah mung katon prayogi / tatanira tan pisan dèn nyana-nyana // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 55, 2 Sapar Taun Ehe 1860, 10 Juli 1929, Taun IV

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [853] ---

Ôngka 55, 2 Sapar Taun Ehe 1860, 10 Juli 1929, Taun IV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Talaga Singkarak

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun talaga Singkarak, Sumatra sisih kilèn. Sauruting talaga wau wontên marginipun sêpur. Sawanganipun ing ngriku tamtu adamêl sêngsêming sawanganipun têtiyang ingkang sami numpak sêpur.

--- 854 ---

Wêdhar Sabda Dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral wontên ing Polêksêrad, ing Parêpatan Wiwitan Taun

Sambêtipun Kajawèn nomêr 54

Miturut dhawuh pangandika dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana, mênggah ada-ada nênuntun, kados ingkang sampun kaandharakên ing ngajêng, sarta ingkang nama sampun mêsthinipun tuwin prasaja, punika tumrap nagari sanès-sanès, ingkang kathah sami awêwaton kalihan punapa ingkang sampun sami dipun lampahi, dene tumrap tanah Indhia ingkang makatên punika ngêmungakên dhawahing pangajêng-ajêng. Lêrês pamarentah pitados dhatêng matoning pangajêng-ajêngipun, bilih ing tanah ngriki wontênipun kamardikan pulitik tuwin sosial, manawi pangêcakipun botên kalintu, badhe botên ngrisak, nanging malah anyaèkakên, langkung malih sarêng sampun kanyataan, punapa ingkang sampun dipun katingalakên dening sawênèhing panuntunipun pakêmpalan-pakêmpalan tiyang siti mênggahing katêmênan tuwin kawicaksananipun dèrèng dangu punika, nanging buktinipun ing bab makatên wau, ingkang kêdah nyukani, inggih ngêmungakên pasrawunganipun gêsang têtiyang siti piyambak. Sapunikanipun ingkang kêdah dipun pasrahi inggih para mudha jaman samangke. Nanging para mudha wau kêdah angèngêtana, manawi tumindakipun kasêsa, angsal-angsalanipun ngêmungakên: lêpat ingkang dipun jôngka, kamunduran, saha kamardikanipun dipun watêsi malih. Para mudha wau kêdah tansah angèmuti, bilih punika satunggilipun padamêlan ingkang kêdah katindakakên dangu, dados panindakipun inggih kêdah ingkang sêmanak tangkêpipun tuwin ngatos-atos, cara-caranipun anggèning nindakakên padamêlanipun piyambak, kêdah ingkang nocogi dhatêng pamarentah, murih anyêlaki sagêdipun kalêksanan punapa ingkang dados sêdyanipun pamarentah wau. Dene manawi lajêng mêksa angewahi, badhe botên wontên wohipun babar pisan, karampunganipun malah badhe kosok-wangsulipun kalihan punapa ingkang dipun sêdyakakên.

Murih sagêdipun angsal kamajêngan sapantêsipun, botên ngêmungakên tumrap pulitik kemawon, makatên ugi tumrap gêsang sêsrawungan tuwin ekonomi, umumipun kêdah dipun wontênakên kamardikan ing bab miturut tujuanipun piyambak-piyambak, tuwin anggènipun anindakakên. Punapa malih ing bab punika, ingkang sampun katingal sajakipun kenging dipun ajêng-ajêng sayêktos. Dene ingkang gadhah ada-ada inggih têtiyang siti piyambak, inggih punika ing bab: pangajaran, pitulungan arta tumrap anglajêngakên pasinaonipun (studiefonds), griya pondhokan lare sêkolah (internaten) pangupakaraning tiyang sakit, pangupakaraning tiyang sakit ing griya sakit lan ing kampung, kawêkêlan rakyat, pranatan têtanèn tuwin nyambutakên arta, pangupakaraning lare yatim tuwin tiyang pêkir miskin, nyêgah kawontênanipun tiyang èstri lampah awon, rekadaya ngicalakên dhasar awon tumrap têtiyang ingkang mêntas anglampahi ukuman, lan sasaminipun. Dhawuh dalêm Ingkang Wicaksana,

--- 855 ---

ing ngriku botên badhe ngical-icalakên kasaenaning padamêlanipun pakêmpalan sanès-sanès, kados ta: Budi Utama, Taman Siswa utawi Pasundhan, nanging tumraping bab punika, kanthi angrêgèni padamêlanipun, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana ugi andhawuhakên pakêmpalan-pakêmpalan, Muhamadiyah tuwin Sêtudhi klêb ing Surabaya, ingkang kagalih kadosdene têlênging panggaotan wau.

Murih padamêlan tumrap umum ingkang utami wau sampun ngantos manggih rêridhu, tuwin tumrap bab punika murih sagêdipun ambikak margi enggal, jalaran saking pamundhut dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana, paduka tuwin dhirèktur lanbao, lajêng ngawontênakên komisi, ingkang kajibah anyinau pambudidaya tumrap angajêngakên wontênipun kaum têngahan têtiyang pribumi (para sudagar alit-alit). Komisi wau, ingkang dipun pangarsani dening lid polêksrad, Kangjêng Radèn Adipati Arya Ahmad Jayadiningrat, samangke sampun miwiti padamêlanipun. Kajawi punika pamarentah piyambak, sampun anêtêpakên satunggiling komisi, ingkang dipun pangarsani dening Tuwan Prof. Zeylemaker. Padamêlanipun komisi punika, ingkang nomêr sapisan, aparing timbangan ing bab èwêd-pakèwêd, ingkang tuwuhipun jalaran saking adêging bang nasional, Indhonesiah - inggih punika satunggilipun bang ingkang dipun êdêgakên dening para warganing Sêtudhi klêb ing Surabaya - gêgayutanipun kalihan penutsêkap-penutsêkapipun têtiyang siti, ingkang adêgipun sarana sade andhil. Kajawi punika wontên malih paniti priksa ingkang katindakakên dening amtênar jalaran saking dhawuhipun pamarentah ing bab pananêm tuwin panggarapipun têbu dening rakyat. Pungkasanipun, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana angandikakakên wontênipun panggaotan-panggaotan panggarap sabin, saha ingkang tujuanipun mitulungi kasangsaran umum, kados ingkang sampun kadhawauhakên ing ngajêng, ingkang lajêng kaparingan subsidhi tuwin katrangan-katrangan miturut pranatan-pranatan ingkang sampun katindakakên tumrap bab punika, makatên malih pamarentah ngrika-ngriki paring arta pitulungan sawatawis dhatêng ada-ada ingkang katindakakên kanthi têmên-têmên.

Jalaran saking sadaya ingkang sampun kaandharakên wau, dhawuh pangandika Dalêm Ingkang Wicaksana, kados botên prêlu katêrangakên malih, bilih sadaya panggaotaning têtiyang siti, tumrap kamajênganing rakyat, inggih ingkang tumuju dhatêng kabatosan, punapadene dhatêng kasugihan, punika tansah dipun wigatosakên tuwin dipun jumurungakên dening pamarentah. Manawi wontên sêdyaning rakyat badhe nyambut damêl miturut raos tuwin pamanggihipun piyambak, sarta supados sampun ngantos dipun prentah utawi dipun awat-awati, cêkakipun namung badhe tumandang piyambak, punika pamarentah ugi sampun anguningani. Lêrês pamarentah angèmutakên, bilih tindakipun sampun ngantos kêplantrang, sampun nyêpèlèkakên ajining sêsêrêpanipun cara Eropah, ingkang angsalipun sarana rêkaos sarta ngawontênakên kurban pintên-pintên, punapa malih [ma...]

--- 856 ---

[...lih] sampun ngantos kasupèn, bilih tanah-tanah gnriki punika sampun kalêbêt ing pasrawungan donya, tuwin lajêng dipun wajibakên, kêdah sagêd ngêmori kawontênan wau, sampun têmtu, tindakipun wau sok wontên ingkang kalintu, utawi wontên ingkang babar pisan ebra, nanging manawi wontên kadadosan ingkang makatên, punika lajêng kenging kangge ambuktèkakên bilih panggaotan sapanuntunipun botên kenging ajrih rêkaos tuwin kangelan tumrap nindakakên padamêlan ingkang utami wau minôngka pigunaning bangsanipun piyambak. Manawi saya mêmpêng pandamêlipun tuwin saya ngatos-atos panindakipun, ingkang anyamèni kalihan golongan bôngsa sanès-sanèsipun, dangu-dangu têmtu sagêd lan badhe angsal kasilipun tumraping padamêlanipun wau. Lan miturut dhawuh dalêm, sajakipun nama botên nalar tuwin botên adil, manawi sadèrèngipun lajêng sampun samar ing bab punika.

Badhe kasambêtan.

Barang Damêlanipun Tiyang Siti ing Pêkên Taunan ing Bandhung

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun barang-barang padamêlanipun têtiyang siti ingkang dipun pitongtonakên wontên ing pêkên taunan ing Bnadhung.

Cacahipun têtiyang ningali dumugining tanggal 2 wulan punika wontên 163.820, angsal-angsalaning arta f 47.763.45.

--- 857 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja, Ind. Arts. ing Kudus

Sambêtipun Kajawèn nomêr 53.

Manawi ingkang sakit sampun mèh saras, (rumbu-rumbu kêmaruk) nênêdhaa têtêdhan ingkang sêgêr-sêgêr, sampun kasêsa nêdha têtêdhan ingkang atos-atos utawi pêdhês-pêdhês, awit manawi dèrèng kiyat ususipun, sagêd kimat malih sêsakitipun tipês wau ingkang sok lajêng sagêd aniwasi.

Kangge panyêgahipun sêsakit tipês ingkang kasuntikakên dhatêng tiyang ingkang saras ngangge vaccin tipês wau, sagêd kalis salêbêtipun ½-1 taun.

[Grafik]

Pulo Kameran, papan Quarantaine ing jajahan Inggris.

Bab kolerah.

Sêsakit kolerah punika aslinipun saking tanah Indhu, inggih punika ing Indhia Inggris. Saking ngrika lajêng mrèmèn-mrèmèn nularakên dhatêng pundi-pundi, langkung-langkung sarêng kathah kapal api ingkang ambêktani tiyang-tiyang saking pulo sanèsipun. Dados têtiyang kathah sêsrawunganipun, punika sagêd anjalari saya gampil nularipun sêsakit wau dhatêng tiyang ing pulo sanès-sanèsipun. Awit ing jaman rumiyin sadrèrèngipun 1880 dèrèng wontên pranatanipun, quarantaine têgêsipun wêkdal 40 dintên.

Ing jaman samantên tiyang utawi para dhoktêr dèrèng sumêrêp kawontênanipun sêsakit-sêsakit ingkang nular (infectieziekten) punika ing pundi-pundi panggenan ing pulo-pulo ingkang dèrèng wontên sêsakit nular dipun jagi sangêt, supados sêsakit ingkang nular wau sampun ngantos lumêbêt ing ngriku, mila sadaya kapal api utawi sadaya tiyang-tiyang ingkang dhatêng saking panggenan ingkang wontên sêsakit ingkang nular wau dipun anggrak (tahan) ing watês utawi ing lautan ngantos 40 dintên. Tiyang ingkang dipun tahan wau botên kenging sêsrawaungan kalihan tiyang ing ngriku utawi botên kenging kesah saking panggenaning tahanan wau salêbêtipun 40 dintên.

Quarantaine kangge kapal-kapal api utawi baita sanèsipun punika nama zeequarantaine (nahan kapal salêbêtipun 40 dintên wontên têngahing sagantên) dene kangge pranatan tahanan têtiyang ingkang dhatêngipun saking sanès panggenan saking dhusun utawi nagari punika namanipun landquarantaine (nahan [(na...]

--- 858 ---

[...han] tiyang salêbêting 40 dintên wontên ing sagantên).

Sarêng sampun kathah têtiyang saking sanès nagari utawi ngamônca ingkang sami dhatêng andon dagang utawi sêsrawungan lajêng pranatan landquarantaine wau dipun icali. Ing nagari Tiyongkok dèrèng watawis lami punika taksih wontên pranatan inggih punika ing satunggiling panggenan dhistrik wontên pagêblug pès, ing ngriku lajêng dipun jagi dening saradhadhu katutup, sintên-sintên ingkang botên gadhah tôndha palilah, môngka nêrak watês, punika lajêng dipun sanjata.

Ugi zeequarantaine sarêng sampun kathah kapal-kapal api ingkang kêdah dhatêng pundi-pundi lan para dhoktêr sampun mangrêtos sabab-sababipun lan lampah-lampahing panularipun sêsakit wau, lajêng zeequarantaine dipun tata kangge satunggil-satunggiling sêsakit nular. Dene pranatanipun, kados ta sêsakit kolerah salêbêtipun 6 dintên kapal api ingkang dhatêng saking panggenan ingkang wontên pagêblug kolerah wau dipun tahan ing sajawining plabuhan, manawi sampun langkung saking 6 dintên kapal api wau kenging lumêbêt ing plabuhan, para têtiyang ingkang sami numpak (passagiers) kenging lajêng dhatêng dharatan. Dene bilih ing kapal wau wontên ingkang katrajang sêsakit, tiyang ingkang sakit wau lajêng kalêbêtakên ing griya sakit, quarantaine dipun upakara wontên ing ngriku.

Sampun kathah pranatan-pranatan ingkang miturut quarantaine ordonnantie, tumrap nagari utawi pulo-pulo ingkang sampun prajanji kabar-kinabaran samôngsa ing satunggiling panggenan, nagari utawi pulo-pulo wau wontên pagêblug sêsakit nular lajêng enggal angabari mawi têlegram dhatêng sanès-sanèsipun.

Pramila nagari ngawontênakên pranatan samôngsa ing kampung, dhusun utawi kitha wontên sêsakit nular, ing salêbêtipun 24 jam, pulisi tumuntên tampi palapuran. Ingkang mêsthi palapuran dhatêng pulisi punika saking dhoktêr ingkang mriksa, utawi ingkang mulasara tiyang ingkang sakit, sakulawarganipun utawi ingkang gadhah griya.

[Grafik]

Pulo Onrust papan quarantaine ing Indhonesiah.

Sêsakit kolerah punika wijinipun basil mèmpêr kadosdene komah (,), dene ingkang manggihakên Prof. Robert Koch ing taun 1880. Thukulipun ing salêbêtipun 1-3 dintên sêsampunipun tiyang kalêbêtan wiji sêsakit kolerah wau. Tiyang wau dadakan sakit wêtêng, mangsur, adhakan sok nuntak rumiyin lajêng ambêbucal mangsur rambah-rambah. Sêsukêripun ing sakawit cuwèr, nanging sakêdhap malih lajêng ambucal kadosdene toya tajin. (Badhe kasambêtan)

--- 859 ---

Jagading Wanita

Kawruh Ambathik

Sambêtipun Kajawèn nomêr 53.

Sawut punika isèn-isèn namung kagarit-garitakên, ing têmbenipun dados sogan, sawut ingkang alus punika lêripun alit-alit (manut canthingipun) tuwin ajêg, jalaran saking ajêg tuwin alusing canthing, manawi dipun tingali sabrebetan ngantos kados jêmbêlokan, nanging manawi dipun tamatakên kêtingal cêtha galêr-galêripun, dene ing sapunika malah wontên gagrag, isèn-isèn ingkang lêrêsipun sawut wau namung dipun jêmbêlok kemawon, inggih lêrês sabrebetan sami kemawon, nanging manawi dipun tamatakên kêtingal grobohipun. Sawut punika kangge isèn-isèning sêratan, mathukipun bilih ingkang dipun isèn-isèni dhapur panjang.

Cacah gori.

Punika sairib kemawon kalihan sawut, nanging panyêratipun malang-megung, kadosdene cakipun tiyang nacah gori. Manggènipun kangge ngisèn-isèni sêratan ingkang dhapur bundêr.

Cêcêg.

Ingkang nama cêcêg punika dhawahing canthing carat satunggal sadhawahan, lajêng kenging dipun wangun warni-warni, kados ta: cêcêg tiga, gangsal tuwin pitu, benjing dadosipun pêthak manggèn ing biron. Mathukipun kangge ngisèn-isèni sêratan ingkang alus, manggènipun wontên sacêlaking sawut, malah trêkadhang dipun sêling kalihan sawut, dipun wastani isèn-isèn cêcêg sawut.

Sisik.

Sisik punika isèn-isèn ingkang wangunipun kados sisik ulam, ing lêrês bundêran dipun tembok, dadosipun pêthak tembokan. Manggènipun kangge isèn-isèn ingkang dhapur panjang.

Sisik mêlik.

Punika sisik mêlik ingkang botên dipun tembok, dipun isèni sanèsipun.

Nembok.

Nembok punika nutupi sêratan, ingkang ing têmbenipun dados pêthak, dados pundi ingkang badhe dados pêthak katembok sadaya.

Nembok punika sanadyan padamêlan gampil, nanging kêgolong kikrik, awit botên kenging kêlintu nembok ingkang lêrêsipun botên kenging katembok, manawi ngantos kêlintu, kêtingal sangêt awonipun, lan malih dhawahing malam botên kenging lubèr anglangkungi watêsing sêratan ingkang dados kalowongan.

Sêsampunipun rampung anggènipun nembok, kêdah dipun taliti, manawi wontên ingkang kalangkungan dipun wêwahi, tuwin prayoginipun inggih kêdah naliti sêratan sampun tembokan wau, awit [a...]

--- 860 ---

[...wit] sêratan tembok punika nama sêratan ingkang sampun rampung, manawi ngantos wontên ingkang kècèr utawi klinta-klintu sampun botên kenging dipun ewahi malih, amargi lajêng badhe kalêbêt ing gagrag sanès, inggih punika dipun wêdêl.

Prayoginipun sêratan sampun dados tembokan punika kêdah dipun lèlèh rumiyin, saya tumrap sêratan ingkang sampun dangu kêdah katindakakên makatên, awit malam ingkang kêdangon tumèmplèk ing mori, punika gampil thèthèlipun, mila kêdah dipun lèlèh rumiyin. Patrapipun anglèlèh makatên: sêratan dipun pe wontên ing bênteran, kêdah dipun jagi yêktos, malah prayoginipun, ing salêbêtipun nindakakên padamêlan wau sampun ngantos kasêsêlan padamêlan sanès, prêlunipun anjagia lèlèhing malam ing sêratan sampun ngantos kêsangêtên, sabên sampun waradin lèlèhipun lajêng kapêndhêta ing tiyang kalih dipun lih wontên ing papan ingkang aub. Dados prêlunipun anglèlèh punika ngrakêtakên malam ingkang sampun sami kêndho, dene wontênipun kêdah ngatos-atos, awit samôngsa lèlèhing malam kêsangêtan, dadosing sêratan lajêng ambarèbès awon.

Sapunika wontên saêbab malih ingkang kêdah ngatos-atos panindakipun, inggih punika panglêmpiting sêratan nalika badhe dipun wêdêlakên, kaangkaha sampun ngantos kêlèt, mila ing pundi lêrêsing gathukipun lêmpitan prayogi dipun lêt-lêti ing godhong pisang, wontên sawênèhing tiyang ingkang cariyos, sae ngangge dalancang sêrat kabar, awit sanadyan nalika dipun kalèthèk wontên ingkang kantun, badhe sagêd uwal piyambak nalika wontên cêlêpan. Dene ingkang prayogi, nyêlêpakên sêratan punika dipun gulung, dipun dèkèk ing klothokan dêbog ingkang têlês, punika sagêd damêl ayêming sêratan. (Badhe kasambêtan)

[Grafik]

Sabrangan ing lèpèn Ombilin, asli wutahan saking talaga Singkarak. Ing lèpèn wau wontên baita sasak tambangan ingkang ngêmot otobis. Ing ngriku têtela kalangkunganing damêlipun otobis, kala-kala ugi asring prêlu dipun biyantu ing baita ingkang tanpa daya. Punapa tiyang botên makatên.

--- 861 ---

Kawruh Sawatawis

Kyai Agêng Dêrpayuda

Ing sadèrèngipun ngrêmbag babagan cariyosipun Kyai Agêng Dêrpayuda, kula sadaya ingkang gadhah raos Dêrpayudan, sami ngaturakên gênging panuwun dhatêng paduka lurah up rêdhaktur, dene karsa paring panggenan ing Kajawèn ngriki.

[Grafik]

Pakampungan ing nagari Bima sapinggir lèpèn.

Wiyosipun, kula sampun maos buku Kyai Agêng Dêrpayuda, karanganipun Radèn Mas Panji Suma Atmaka, wêdalan Bale Pustaka. Mênggah kawontênaning cariyos wau, mirid saking sêsêrêpan kula, botên gathuk kalayan kawontênanipun ngrika, nanging ing sarèhning panjênênganipun Radèn Mas Panji Suma Atmaka piyambak botên karsa tanggêl dhatêng lêrêsipun karangan wau, lêrês lêpat gumatung ingkang ngaturi katrangan, mila kula ngaturi andharan kados ing ngandhap punika, dene cocog utawi botên kula nyumanggakakên.§ Para maos Kajawèn kados wontên ingkang dèrèng dhong dhatêng rêmbag Ki Agêng Drêpayuda punika, awit rêmbag punika dhapur nyambêti suraosing sêrat ingkang botên kapacak ing Kajawèn ngriki. Dene têrangipun yêktos, manawi para maos Kajawèn sampun maos sêrat Ki Agêng Drêpayuda wau, wêdalan Bale Pustaka, rêgi f 0.55.

Anggèn kula nêrangakên kula wiwiti saking Sèh Maolana Ibrahim, putra turun kaping sawêlas saking Dèwi Patimah, punika dhaup kalihan Putri Cêmpa (Cêmpa punika bok manawi Jêpang)§ Cêmpa punika sanès Jêpang, lêrêsipun nagari sacêlakipun Kamboja, tanah Indhu wingking. asmanipun Dèwi Soean hatawi, pêputra kakung kalih, asma pindhah Ibrahim Asmara. Dene putra ingkang sêpuh

--- 862 ---

asma Sèh Ngalimurtala, ingkang nèm, Sèh Ngalirahmat.

Sèh Maolana Ngalimurtala, diwasanipun dhaup kalihan putrinipun Pangeran Sampang Arya Bribin. Pêputra kakung kalih. Ananging lajêng curês.

Sèh Maolana Ngalirahmat, diwasanipun jumênêng sunan wali ing Ngampèl, (Surabaya) sapriki pasareyanipun linuhurakên ing têtiyang Jawi Wetan.

Sèh Ngalimurtala mituhu sangêt dhatêng aturipun ingkang rayi Sèh Maolana Ngalirahmat Sunan Ngampèl. Sanajan kaprênah sêpuh nanging kawon ing kawaskithanipun. Aturipun: ingkang raka sagêdipun mangku kawibawan, manawi sagêd dhaup kalihan putrinipun Sultan Bima. Kalêrêsan sangêt ing wêkdal samantên, sultan ing Bima manggih rêribêd, inggih punika nagarinipun wontên rêrêsah anggêgirisi. Cêkaking cariyos, Sèh Ngalimurtala lajêng sagêd têtulung anjalari kitha Bima dados têntrêm sarta wilujêng, mila kalêksanan Sèh Ngalimurtala kapundhut mantu sultan ing Bima. Dangu-dangu sultan ing Bima wau seda gêrah sêpuh, saha Sèh Ngalimurtala anggêntosi jumênêng nata, asma Sèh Nglimustapa kaping kalih, rama marasêpuh jêjuluk: Ngalimustapa sapisan.

Sarêng Sultan Sèh Ngalimustapa kaping kalih pêputra satunggal, lajêng seda wontên ing Bima. Putra wau asma Dhatuk Suleman. Ananging botên sagêd jumênêng anggêntosi ingkang rama, mila lajêng lolos saking Bima, angajawi, anjujug panggenanipun ingkang paman, Sultan Ngampèl, sarta ambêkta pusaka wangkingan kêkalih, satunggal Kyai Blabar kalih Kyai Balenata. Kacariyos pusaka wau dumugi sapriki taksih sumimpên wontên ing kabupatèn Madiun.

Ki Dhatuk Suleman: (têmbung dhatuk mênggah cara Jawi bandara, utawi radèn mas), dangu anggènipun suwita Sunan Ngampèl, kawulang sadaya gêgêbênganipun ingkang paman. Wusananipun kadhawuhan manggèn adhêdhêkah ing dhusun Grobogan, kaprênah lèr kilènipun kitha Madiun, awit kawêca ing ngakir ki dhatuk sagêd nurunakên putra wayah jumênêng wibawa. Kalêksanan sang dhatuk manggèn ing dhusun Grobogan, mituhu dhawuhipun ingkang paman, lami-lami dados modin, sabên dalu botên pêgat anggènipun tapa kungkum ing sêndhang anggènipun damêl piyambak. Dangu-dangu toya sêndhang wau kêsuwur kenging kangge jampi kasarasan. Kawastanan toya têguh, pramila kasêbut nama bêlik Têguhan, dumugi sapunika ugi taksih wontên.

Ing antawis lami ki dhatuk kasiku ingkang bupati Madiun, Pangeran Mangkudipura, jalaran kagalih mutawatosi. Nalika dhatuk badhe kacêpêng lajêng lolos ing wanci dalu, anjujug ing Sukawati, suwita Kyai Agêng Sukawati. Ing alama-lami Ki Dhatuk Suleman dados kêtib sarta kapundhut mantu ing Ki Agêng Kêtib ing Mataram, nanging têtêp manggèn ing Sukawati. Ki dhatuk sabên dalu tansah kungkum ing kêdhung, sarta yèn siyang pinuju ngaso tapa anggandhul. (Badhe kasambêtan)

--- 863 ---

Waosan Lare

Nagara Mirasa

I. Pangudanging wong tuwa mênyang anak.

[Pocung]

kaya ancung caking dongèngane kacung / aran wacan bocah / mêsthi cacad ora bêcik / mung sacêge waton nocogi diwaca //

lan sok gragu awit basane mung lugu / ning pancèn dijarag / anggêre lagune dadi / diguyua niyat ditampani lêga //

aja gumun nyang carita sing diwangun / awit pancèn mokal / lan rada umuk sathithik / wis mangkono watake wong dhêmên crita //

mêngko tutur wiwiti sing dadi catur / jêjêring carita / kocap desa Karangsari / ana uwong tilasan kapala desa //

uwis ngumur mung atine ajêg mulur / saka wis kulina / cilik-cilik anglakoni / rasane wong kasampiran panguwasa //

le diundur jalaran nêmu têngadur / tindake dicacad / kêndho tumindaking wajib / ing mulane lèrèn saka pagawean //

uwong nyêbut jênêng Karyatapa patut / awit iya ana / titike dhêmên sêsirih / mung têmêne saka gone ora ana //

nadyan guguh ing têgêse dadi buruh / môngka tilas lurah / nanging kapenak nglakoni / ora pisan duwea rasa-rumasa //

obahe mung kari siji tilas lumbung / ewadene malah / gawe panrimaning ati / dene duwe cilik-cilik jênêng omah /

lan pitulung bojo milu atêtulung / ora pisan wirang / nglakoni anggendhong sênik / samubarang dilakoni lan narima //

mula rukun sabên esuk umun-umun / wis lunga nyang pasar / sing lanang wêkêl nglakoni / ora lowong akêkêcèh ana sawah //

ya mung iku sing dadi pathokan baku / kanggo cagak tuwak / ngêngulur dawaning urip / nadyan kurang ananging ora ngapaa //

gone mlaku ing gawe wong loro iku / sasate riyalat / mangane angêngurangi / saka duwe anak loro sing sumêga //

siji Bênthung awake prasasat lêsung / lêmu gimblah-gimblah / ora pisan angèmpêri / yèn dhèwèke anake wong kêmlaratan //

ora ewuh watak êmbuh ora wêruh / janji ana pangan / sapiraa bae gusis / ora nganggo angèlingi mênyang tôngga //

nanging kojur drêmbane sing ora jujur / ora kok tumônja / kuwating kulit lan daging / pakolèhe mung dadi gajih ing awak //

têgêse mung ngèmpêri uriping ênthung / lumuh pagawean / mula karane cah kuwi / uwis patut jênêng Kêsèd dhèk samana //

mungguh biyung Kêsèd kuwi mung diugung / lan sarwa diuja / ketang anak dadi ati / ora tau diwêruhake ing tata //

mula nutug gone ora wêruh rêmbug / kaya ta upama / sêgane cumpèn sacêthing / iya mêksa diêntèkke sanalika //

yèn disaru biyunge adhakan [adhaka...]

--- 864 ---

[...n] nêpsu / malah wong saomah / kampyak kabèh nganti rêsik / diarani uwong padha ora têpa //

sok kêwêtu o mêsakake anakku / e iya tak kudang / anakku kuwata mukti / besuk bisa dadi ratu sugih bôndha //

yèn angrungu sing lanang banjur angguyu / ambak wong ngêngudang / bok rada mèmpêr sathithik / dadi ora digêguyu ing wong liya //

nuli nyundhul Kêsèd duwe adhi Jêndhul / nadyan isih bocah / pikirane uwis mintir / sarwa maju nyang gawean apa-apa //

nanging kuru saka rada kurang turu / jalaran kêgawa / wêtênge kêrêp ngalikik / mangane mung yèn nuju olèh koredan //

nanging mungguh anane mung sarwa saguh / sanadyan kurua / pêthêl angrewang-rewangi / mênyang sawah milu bapa sabên dina //

mula mulur wêlase bapa kêlantur / malah nganti kandhas / têkan dhêdhasaring ati / dadi sihe ngalumpuk saka si bapa //

bocah mau awit saka gone maju / mênyang pagawean / bapakne nganti marabi / jênêng Wêkêl uwis plêk ora sulaya //

sok kêwêtu Karyatapa muni sêru / o anakku lanang / wêkêle bangêt ngetoki / apa besuk dadi ratu sing kuwasa //

bapa biyung kudangane kaya gêmblung / nanging luput apa / wong ngêngudang wênang muni / beda apa ngêngudang dadi wêdana //

dene mungguh ing dongengan ora ewuh / ya anake sapa / didadèkna ratu mêsthi / gampang bae nanging kudu urut cêtha //

kocap nuju wayah bêngi kabèh mau / padha lêlinggihan / ing têngah diyane sênthir / mêlik-mêlik kaya ulate wong lara //

wong sing têlu Wêkêl bapa karo biyung / padha lêlinggihan / mung Kêsèd dhewe angagir / tur klemahan sêsambat wêtênge lara // (Badhe kasambêtan)

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar talaga Cimarga, ingkang têbihipun kirang langkung gangsal pal saking Rangkasbêtung, nalika pinuju dipun pêndhêti ulamipun.

--- 865 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Èwêd Pakèwêding Pangkat Pangrèh Praja

VIII.

Petruk : Mungguh omongmu ing ngarêp, ing desa ana pêpacak kang diarani: putusan desa, yaiku nèk ana prentahan kang abot, utawa nèk arêp kudu ngêtokake wragat akèh, ora bakal tumuli ditindakake, yèn durung ana putusane desa, kuwi pancèn iya nyata, mung bae nèk prêlu, priyayine iya masa bakala kêkurangan akal, sing bisa anêlukake wong-wong kang sumêdya ambangkang mênyang paprentahane.

[Grafik]

Garèng : Wiyah, apa le mrentah dicara kayadene kowe nèk mrentah bojomu bokne Si Kamprèt. Mung ngêwèhi dhuwit balônja sêtali, anjaluk mangan nganggo lawuh bêstik pitik, mata sapi, dhèndhèng paru, jangan lodhèh lan sapadhane, barêng disulidiwangsuli. yèn ora bisa, bojone banjur ditaboki, malah diancam arêp duruntuhake talake ganêp lima. Lha nèk ing jaman saiki ana priyayi mrentahe nyang bawahe kaya kowe nyang bojomu, ora ngêmungake priyayi mau sida warêg dibêskwèl bae, nanging bisa uga banjur diarani: priyayi kasinungan A.O. aliyas arak obat.

Petruk : Lho, mrentahe têmtune ora cara kasar-kasaran mêngkono, mêsthine iya sarwa mèphèt, alus. Upamane bae mangkene: saka dhuwur ana prentah wong-wong desa kudu padha andandani wangan, sarana urun bau lan dhuwit, wusana wong-wonge ora padha saguh. Ing sarèhning lurahe ora bisa nêlukake wong-wong bawahe mau, banjur dianakake kumpulan wong sadesa ana ing kalurahan, kang dijênêngi dening darasistèn sing ambawahake, saiki darasistèn dhewe sing bakal andhawuhake, mungguh akale nêlukake wong-wong desa mau mangkene upamane: ing sakawit darasistèn anjalèntrèhake mungguh gêdhening pigunane wangan yèn wis didandani. Sauwise rampung anggone anêrang-nêrangake nganti talêsih, darasistèn banjur andhawuhake wong-wong sing padha cocog lan gêlêngêlêm. ambantu andandani wangan, padha lungguha bae, dene sing ora, padha ngadêga lan lungguh ana ing panggonan [panggo...]

--- 866 ---

[...nan] liya, dadi misah karo kônca-kancane sing wis padha cocog mau. Lha, kowe rak wis wêruh dhewe, wong desa kuwi lumrahe wêdi bangêt karo priyayi, sanadyan ing batine ora cocog babar pisan, sing akèh iya ora wani anglairake, sarta banjur lungguh bae. Nèk cacahe wong desa mau ana satus, kiraku wis wani anglairake ora cocoge, sarta wani ninggal papan palungguhane ngalih nyang papan liya, ora luwih saka wong sêpuluh. Saiki banjur mêtu akale darasistèn, kang banjur dhawuh karo wong 90 sing ora padha ngalih palungguhane mangkene: he, kônca-kônca, aku bungah bangêt, dene kowe kabèh wis padha ngatonake guyubmu, anyaguhi sumêdya andandani wangan barêng-barêng. Awit wêruha, bêciking wangan, kuwi sing pakolèh iya mung kowe dhewe. Dadi yèn ana wong sing ora gêlêm angguyubi andandani, kuwi prasasat arêp agawe pitunaning awakmu. Apa iya wis mêsthine kowe padha angguyubi wong sing arêp agawe kapitunanmu mau. Ing sarèhning wong-wong mau wis ora gêlêm guyub karo kowe kabèh, yèn kabênêr lagi duwe gawe, apa kowe kabèh padha gêlêm kondangan, yèn kasripahan, apa kowe kabèh padha gêlêm layat. Mara ta Rèng, wong desa kuwi sing akèh isih kurang pangrêtine. Didhawuhi darasistèn mangkono mau, wangsulane ora liya, iya mung: botên, botên. Wusanane wong 10 sing ora padha cocog mau, iya banjur kuwatir atine, nèk disêrtu karo kônca-kancane sing 90 mau, mulane iya banjur manut bae. Lho, iya sok bisa cara mangkono kuwi, karampungane putusan desa. Mara, apa kuwi kêna diarani putusan desa kang murni.

Garèng : Akaling priyayi kang kaya mangkono kuwi, nèk cara Cinane pancèn iya kêna diarani: bisae, kêna disêbut: apus krama, ewasamono, nèk bêciking wangan pancèn nyata bisa gawe undhaking kauntunganing wong desa, ya kuwi jalaran banjur bisa ngoncori sawah luwih jêmbar, kang ing têmbe buri bisa muwuhi pangasilane lêmahe wong desa, sanadyan akal ngapusi, rak iya kêna diarani apus utama. Kowe dhewe wis kôndha, yèn wong desa kuwi isih kurang pangrêtine, nèk ana ada-ada apa-apa, sanadyan dening lurah utawa priyayine dirêtèk-rêtèkake nganti talêsih mungguh bêcike tumrap awake, ewadene mêksa sok ora ngrêti. Nèk sacleretan sajak angèl panggarape, wong desa sok banjur mêtu brêngkununge, nèk wis sapisan ora gêlêm, sanadyan dirêtèkna dikaya ngapa, karêpe iya ora gêlêm bae. Ing sarèhing priyayine mau yakin, yèn bakal bêcik bangêt tumrape wong desa, priyayine iya kudu golèk akal, golèk rekadaya supaya bisa nêlukake brêngkununge wong desa mau. Wusanane banjur main apus krama kaya kang kok kandhakake ing ngarêp mau. Lho, sanadyan ngapusana kae, sêdyane rak arêp bêcik, ya kuwi sing diarani bôngsa kulonan: taktik, ya kuwi ngêlukake wong sing arêp ambangkang prentahe utawa ambrêngkunung, sarwa tindak alus. Mulane priyayi iya kudu anduwèni kawruh: taktik,

--- 867 ---

nèk ora, bawahe sida digawe slindhitan kêmênis têmênan. Nèk kowe kuwi, gagasanamu mungguhing priyayi pangrèh praja, mung kêbak ala bae, ana priyayi nindakake taktike brêgas mêngkono, têmtune iya kok anggêp priyayi ambalusukake wong-wong bawahe.

Petruk : Lho, aku ora arêp ngala-ala sapa-sapa, mung arêp ambuktèkake, yèn anane putusan desa kuwi sing akèh ora adil.

Garèng : Kuwi wis jamak lumrah ana ing ngalam donya kene, ora ana barang sampurna. Sanadyan bêcika dikaya apa, sêthithik-sathithik mêsthi ana sing ora adil, sing nuwuhake panacadan. Mara, yèn kowe kêpêthuk wong wadon sing ayu bangêt, rumasamu têmtune wis sampurna ayune, nanging yèn kok taliti têmênan, mêsthi ana ora adile, sing anjalari dadi cacadan, kaya ta: gêlunge mung sablênyik.

Petruk : Wis, wis, kok banjur nylèwèng omonge mêngkono, liya dina bae padha dibanjurake.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Kawartosakên anak pulo Krakatao kados ingkang sampun nate kawartosakên ing Kajawèn, ing sapunika ical. Anakan pulo wau inggilipun 38 mètêr, panjangipun 255 mètêr. Wontênipun makatên, kakintên jalaran pulo wau namung siti garing tuwin wêdhi asli puncratan saking balêdhosan, dados gampil longsoripun. Pulo thukulan wau nalika konggrès pacific dipun inggahi ing para tamu 75.

Kawartosakên, benjing tanggal 9 wulan ngajêng wanci jam 10 siyang, dhirèktur B.O.W. badhe masrahakên gêdhong pamulangan luhur pangadilan, ingkang sampun rampung panggarapipun dhatêng ingkang wajib, mawi dipun jênêngi ing Kangjêng Tuwan Bêsar Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral.

Jalaran saking sangêting asrêp, kabudidayan-kabudidayan ing wêwêngkon pangalengan, Bandhung sami nandhang kapitunan, jalaran toya anjêndhêl. Kabudidayan kinah ing Lodhaya manggih pikatunankapitunan. agêng piyambak, amargi toyanipun ing ngriku sami anjêndhêl dados ès, hawanipun asrêp sangêt, kados gangsal wêlas taun ingkang kapêngkêr.

Kawartosakên kapal Melchior Treub dumugi ing Batawi ambêkta wangsul têtiyang komunis. Sagêd ugi têtiyang wau ingkang sami kaparêngakên wangsul dening parentah. Têtiyang wau kalêtêtkalêbêt. wangsulan kapisanan saking golongan komunis. Sadaya wau botên wontên ingkang mandhap ing Surabaya.

Pulisi ing Batawi mêntas nyêpêng tiyang bôngsa Batak nama Muhamad Salèh, wontên ing Sawahbêsar, ingkang kadakwa abrit tuwin asli dhatêngan saking Mosko.

Ing salêbêtipun wulan Juni kêpêngkêr, kathahipun têtiyang ingkang numpak mêsin mabur K.N.I.L.M. wontên 1112. Pêpetanganipun, saking Batawi dhatêng Bandhung wontên 395. Saking Bandhung dhatêng Batawi 421. Saking Batawi dhatêng Sêmarang 86. Saking Sêmarang dhatêng Batawi 102. Ingkang numpak mirunggan 108. Kajawi punika ambêkta sêrat 130 kg. Cacah langkung saking sêrat 9000 iji, tuwin barang 5858.

Lulus kandhidhat iksamên ing pamulangan luhur pangadilan, Tuwan Suryadiningrat, Sukasna, Sumitra Rêksadiputra, Yusup Adi.

Lulus iksamên Groot notaris bagiyan kapisan, Tuwan Jakamardeya, ing Wèltêprèdhên, Mas Slamêt, ing Sêmarang.

Golonganing têtiyang agami Budha ing Batawi ugi badhe mahargya sri narendra ing Siyêm, samôngsa rawuh ing Batawi.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 3926 ing Magêlang. Botên sade.

Lêngganan nomêr 3626 ing Munthilan: kintun yatra tumrap Kajawèn, Panji Pustaka, utawi buku-buku kenging kadadosakên sawisêl, nanging kêdah katêrangakên ing sêtrukipun.

--- 868 ---

Wêwaosan

Sêrat Bayan Budiman

Karanganipun Mas Arjawiraga.

9

[Pocung]

awit tuhu saya warata rinungu / lamun juru ngrêksa / langkung tumêmên ing kardi / marma dahat rinênan sanggyaning janma //

pan ing ngriku tumindaking cidrèng laku / nuju wanci enjang / janma kathah angraosi / lamun golèk katon angadi busana //

nulya katur / mring para priyayi luhur / wusana kinira / lamun golèk arsa anis / dening nyata wus kawuryan ananira //

yèku bêsus amangangge sarwa bagus / riwusing mangkana / nulya tumindak sêjati / lan sêmbahyang warata janma sapraja //

lawan sagung para ingkang agung-agung / tumuli angganjar / marang kang janma kêkalih / langkung kathah awarna êmas salaka //

lawan dhawuh samya pinurih tuwajuh / denira rumêksa / janma karo nyandikani / lan rumasa antuk piandêl sanyata //

môngka tuhu lêlakon ingkang tinêmu / mung saking rêrekan / supaya kasok antuk sih / lan ing mangkya wus têtela kasêmbadan //

wusing tutug janma kalih nulya rêmbug / kang golèk dhinustha / rapêt pinêndhêm ing siti / lawan lapur lamun sêsêmbahan murca //

nulya ibut adhêdhawuh kanthi gugup / angupadosana / kanthi tumindak taliti / aywa kongsi kang murca datan kapanggya //

samya sayuk janma ing sapraja ambyuk / sumêbar ngupaya / ananging cabar ing kardi / lan rumaos sadaya tan lêbda karya //

nulya katur janma kalih darbe atur / arsa angupaya / dupi pangagêng miyarsi / sakalangkung suka lan gênging panrima //

nulya dhawuh kalamun sanyata saguh / lawan antuk karya / tanapi mimangsulkên malih /Lebih satu suku kata: tanapi mangsulkên malih. mring dununging lami yêkti tinarima //

lawan antuk ganjaran langkung pakantuk / mênggah ing pangira / sayêkti bangkit nyêkapi / lamun amung kinarya gêsang kewala //

dyan anggrêgut janma kalih samya ibut / nilap ing ngakathah / tumuju mring don kang sêpi / ing dununging golèk kang anggung sinamar //

wus pinangguh tumuli binêta gupuh / maring dunungira / tan ana janma kang uning / dupi enjing loking janma wus warata //

yêkti lamun rêca kang sirna ngasamun / wus wangsul katingal / wusana janma kêkalih / anampèni ganjaran kalangkung kathah //

wus misuwur kingaraningaran. janma sêmpulur / linulutan bôndha / kang prapta ambanyu mili / ing satêmah dadya kasugihanira //

pan kawuwus dupi antara sasi wus / nênggih Ki Kêmasan / adarbe osik tan yukti / anandukkên nênggih ing kamurkanira //

anyalinthut dening ing manah kapilut / rasaning kamurkan / andhustha kang golèk rukmi / datan pisan wontên janma kang uninga //

nulya nyamun golèk sinimpên ing samun / lan nuli sajarwa / nênggih maring ki undhagi / ucapira: hèh undhagi wruhanira //

ing dhèk mau ingsun pan wus uning lugu / kalamun sarêngcasang rêca. '/ ing samangkya anis malih / datan ana janma kang samya uninga //

yèn ta rujuk lan padha tinêmu mathuk / wis ta ayo padha / diupaya bae bêcik / arak dadi sarana ngupaya brana //

dupi krungu ki undhagi rangu-rangu / nulya awacana / dene anèh têmên kuwi / yèn mangkono sapa: ya kang wani nyidra //

prêmpêng nêpsu ki kêmasan munya sêru / dene reka-reka / kaya uwong ora ngrêti / ing mêsthine kowe sing nyolong bok blaka //

grêg anjêtung malah batin rasa bingung / ing wusana ngucap / aku rada bingung iki / athik kowe dadine malah andakwa //

sakarêpmu yèn mangkono panêmumu / ya môngsa bodhoa / lan mungguh kaanan kuwi / kang maringi lan mundhut amung Pangeran //

wiwit wau apan kawistarèng sêmu / dènnya pakulinan / janma kalih salah pikir / nanging datan saking undhagi kang karya //

awit lugu ki undhagi manah tuhu / angantêpi sêtya / ing tyas suwung tanpa ciri / dene ingkang ngewahi malah kêmasan //

kang kadyèku têmah kêtitik ing laku / ki undhagi mila / saya kêncêng angunyêri / yèn kêmasan satuhu alampah cidra //

nulya tuwuh / ki undhagi ing pamangguh / ing ari sajuga / kêpapag janma nèng margi / kang ambêkta baruwang alit nèng asta //

nulya nguwuh Ki Undhagi apan saguh / arsa anumbasa / nulya sinukakkên ugi / dyan binêkta umantuk marang ing wisma //

praptanipun ing wisma ayasa sampun / kandhang kang prayoga / lan darbe akalan malih / yasa golèk kang sairib lan kang musna //

wusing rampung akathah janma kumrumpyung / ingkang sami prapta / nêdya sami aningali / marang golèk ki undhagi yasanira //

duk ing wau sutaning kêmasan jalu / kalih maksih bocah / ugi prapta aningali / sanalika ki undhagi darbe reka //

lare wau kalih pisan duk andulu / mring undhagi nulya / sami piniluta pamrih / têmah kèlu lulut mring undhagi samya //

sami purun pinrênahkên ing gèn sampun / môngka pandhêlikan / wusing rêmit awêwarti / lamun lare kalih samya dadya bruwang //

dupi krungu ki kêmasan dahat bêndu / nêbut tan narima / nulya milênggahkên adil / mring parentah prakawis murih pinriksa //

pinriksa wus undhagi dèn uwus-uwus / têtêp janma dora / kang mung nêdya angakali / datan sande awrat paukumanira //

nanging puguh ki undhagi datan kèngguh / nênggih aturira / parentah mugi anggalih / datan wontên elok mênggahing Pangeran // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 57, 9 Sapar Taun Ehe 1860, 17 Juli 1929, Taun IV

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [885] ---

Ôngka 57, 9 Sapar Taun Ehe 1860, 17 Juli 1929, Taun IV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Surabaya

[Grafik]

Sami-sami kitha ing tanah Jawi, kitha Surabaya punika kalêbêt majêng ing bab dêdagangan, ing nginggil punika, salah satunggiling panggenan ing salêbêtipun kitha Surabaya inggih punika ing Djambatan Merah.

--- 886 ---

Wêdhar Sabda Dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral wontên ing Polêksêrad, ing Parêpatan Wiwitan Taun

Sambêtipun Kajawèn nomêr 56.

Anglajêngakên dhawuh pangandika dalêm Ingkang Wicaksana, supados kamajênganipun tanah Indhia sagêd lajêng tumindak miturut tuwan ingkang sampun kaandharakên ing ngajêng, beda-bedaning pangadilan tumrap warni-warnining golonganipun têtiyang ing tanah ngriki, kêdah botên kenging dangu-dangu dipun lêstantunakên, samantên punika manawi beda-bedanipun pangadilan pancèn mila taksih wontên. Jalaran saking punika, sangêt gênging suka pirênaning panggalih dalêm, dene pungkasaning pamêdhar sabda dalêm, Ingkang Wicaksana sagêd andhawuhakên, bilih wontênipun beda-bedaning pangadilan punika badhe dipun icali, sanadyan icalipun wau ing sakawit namung saperangan.

Salajêngipun Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana andhawuhakên kawontênanipun pranatan paprentahan Indhia bab 163 ingkang ugi anyêbutakên, bilih pranatan ingkang dipun tindakakên dhatêng bôngsa Eropah, ugi tumindak tumrap sadaya bôngsa, ingkang asli saking sanès nagari, jangji ing nagarinipun katindakakên kukum ingkang amranata gêgayutanipun satunggal lan satunggaling tiyang (familierecht), ingkang dados baku tujuanipun sami kalihan tujuan ingkang katindakakên wontên ing nagari Walandi.

Samangke têtela mênggah ing sêdyanipun pamarentah Republik Tiongkok, sasagêd-sagêd supados wiwit tanggal 1 Januari ing ngajêng punika, familierchtfamilierecht. cara kilenan, kados ingkang sampun kadhawuhakên ing ngajêng, sampun tumindak wontên saindênging nagari Tiongkok. Dene manawi sêdya wau sagêd kalampahan, tumrap sadaya bôngsa Tionghwa ingkang sami dêdunung wontên ing tanah ngriki, inggih lajêng katindakakên anggêr-anggêr, ingkang dumuginipun samangke tumindak tumrap bôngsa Eropah.

Pamarentah angakêni saha amanggalih yèn pancèn sampun maton sangêt, bilih têtiyang pribumi sami anggadhahi kêpengin, murih tatanan ingkang kinajêngakên wau, sagêda nyrambahi dhatêng têtiyang bumi sadaya. Tumraping pamarentah, têmtu badhe rêna sagêdipun tumuntên tumindak ingkang makatên punika. Nanging ing ngriki kêdah dipun pèngêti, bilih anyamèkakên golonganipun bôngsa sanès-sanès kaliyan bôngsa Eropah, punapa malih tumrap pangadilan, punika lajêng kapêksa ngawontênakên ewah-ewahan kathah ingkang agêng-agêng, ingkang sampun têmtu botên sagêd katindakakên kanthi enggal-enggalan, murih sagêdipun ewah-ewahan ingkang agêng wau katindakakên kanthi sampurna tuwin wilujêng.

Ewadene sadaya golonganing têtiyang ing Indhia ngriki sagêd anêmtokakên, bilih ewah-ewahan ingkang sapisan sampun dipun tandangi wau, badhe kalajêngakên sarana enggal-engglan sasagêd-sagêdipun, sarta botên badhe dipun kèndêli, manawi dèrèng ngantos radin sumrambah

--- 887 ---

dhatêng para kawula sadaya. Mênggah pikajêngipun ingkang makatên punika, badhe tumindak urut-urutan tumuju dhatêng pranatan ingkang namung satunggal, inggih tumrap: andhawahakên ukuman, juru gugat umum, tuwin pangadilan kisas tumrap sadaya bôngsa, cêkakipun badhe anyamèkakên sadaya golongan bôngsa ing tanah Indhia ngriki.

Pungkasaning pamêdhar sabda dalêm, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana amêmuji, mugi-mugi andharan dalêm wau sagêd adamêl kayakinanipun sadaya, bilih têtela sampun nyata sayêktos, ajênging tatanan paprentahan praja ingkang badhe tumindak punika sakalangkung wigatos, saha kenging kaajêng-ajêng, samantên punika manawi dipun tindakakên tuwin dipun lajêngakên kanthi pangatos-atos, nanging kanthi kapitadosan. Mugi-mugi salêbêting tumindakipun padamêlan wau, Ingkang Kuwasa aparinga rahmat dhatêng parêpatan punika tuwin dhatêng pamarentah. Makatên wiyosing pêpuji dalêm wontên ing parêpatan polêksrad. Sasampunipun parêpatan lajêng wiwit kabikak.

Jêmpana Pusaka

[Grafik]

Gambar ing ngandhap punika satunggilipun jêmpana ingkang awujud pêksi garudha, pandamêlipun kala ing jamanipun swargi Kangjêng Pangeran Suryakusuma Adinata (Pangeran Gunung Puyuh) bupati ing Sumêdhang, jumênêngipun bupati ing taun 1836-1882. Nalika sugêngipun Kangjêng Pangeran Aji, inggih punika Kangjêng Pangeran Suryaatmaja ingkang seda wontên ing Mêkah, jêmpana wau tansah dipun pêpêtri sangêt, sabên malêm Jumuah tuwin malêm Slasa dipun kutugi lan dipun borèhi awangi-wangi. Kabaripun, ing dalu punika sok lajêng kapirêng swaraning pêksi garudha. Sarêng ing Sumêdhang sampun kathah kawat tilpun, jêmpana wau lajêng botên dipun arak malih, jalaran saking inggilipun. Mênggah kawontênanipun samangke, jêmpana wau kantun badan sarta buntutipun kemawon, dene êndhasipun ingkang kaukir-ukir sae sangêt, sampun risak babarpisan.

--- 888 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja, Ind. Arts. ing Kudus

Sambêtipun Kajawèn nomêr 55.

Manawi sakitipun sampun nama sangêt, anggèning ambêbucal prasasat botên kenging kaetang tansah lajêngan andalèwèr kemawon. Ingkang sakit katingal lêmês sangêt, kringêtên, mripat cêlong, kulitipun mêngkêrêt kisut, upami dipun jiwit botên sagêd enggal pulih malih, kêtingalipun anyêngkêrut, irungipun katingal lancip, swaranipun èrêk lêbêt, trêkadhang botên sagêd nyuwara jalaran gorokanipun garing.

Ing kontholipunkentolipun. tiyang ingkang sakit kraos cêkat-cêkot, ambêganipun sêsêg, manah nratab, lambe lan talapukanipun mripat katingal biru, kulitipun tangan sami nglunthung kadosdene tangan ingkang dangu kenging toya (kados tanganipun tiyang umbah-umbah), utawi kados kulitipun mayit ingkang dangu wontên ing toya.

Tangan sukunipun ingkang sakit manawi dipun grayang asrêp cêmlêkut, katingalipun tiyang ingkang sakit buyutên saha nglêntruk, wusana lajêng tilêm kapatos, punika botên dangu lajêng pêjah.

Ananging botên mêsthi tiyang sakit kolerah ingkang kados makatên punika lajêng pêjah, trêkadhang ing wêkdal pagêblug kolerah wontên tiyang ingkang kenging sêsakit wau botên patos dipun raos, kajawi namung mangsur, ananging ingkang kathah sarêng anggènipun nênêdha têtêdhan botên dipun jagi, têgêsipun lajêng nênêdha kados adat kemawon, sêkul jangan lan sapanunggilanipun, punika lajêng sagêd dados sakit kolerah saèstu, ngantos sagêd andadosakên tiwasipun. Mila ing môngsa pagêblug tiyang kêdah ngatos-atos sangêt, awit ingkang sakit sok botên kraos sakit saèstu, dados tiyang ingkang saras botên patos mangrêtos, wusana purun gêpokan utawi sêsrawungan kalihan tiyang ingkang sawêg sakit wau. Môngka miturut katrangan bab sêsakit tipês ing ngajêng sami kemawon, malah langkung bantêr sêsakit kolerah, inggih punika bacillendrager-ipun ingkang ambêbayani tumrap tiyang ingkang saras.

Tiyang ingkang kenging sêsakit wau manawi sampun sangêt lajêng botên sagêd nguyuh, badan manawi kagrayang asrêp kados mayit, polêsipun ical. Ing salêbêtipun 24 jam, manawi botên nguyuh adatipun pêjah, sanajana botên makatên sêsakitipun inggih awèt.

Manawi tiyang ingkang sakit wau katingalipun sampun ragi bingar, polêsipun manawi dipun grayang wontên kêdutipun, anggènipun nuntak sampun kèndêl utawi anggènipun ambêbucal sampun awis, nguyuh sampun sagêd, punika alon-alonan inggih lajêng sagêd saras.

Kangge nêtêpakên, sêsakit kolerah utawi botênipun, kêdah mriksa sêsukêripun tiyang ingkang sakit, mawi kaca praksana.

--- 889 ---

Bab pamulasaranipun tiyang ingkang sakit: badanipun kêdah dipun angêt-angêti, inggih punika gêndul dipun isèni toya angêt, utawi sanèsipun, kasandhingakên ing sacêlaking badan, pupu lan sukunipun.

Supados sampun sangêt-sangêt nuntakipun, dipun untali pringkilan ès, sakêdhik-sakêdhik dipun ombèni tèh, brèndhi utawi sampanyê. KontholKentol. ingkang cêkat-cêkot dipun gosok ngangge lisah pêthak utawi kampêr sêpiritus. Sampun ngantos sangêt-sangêt wêdaling toya ingkang andadosakên kênthêling êrah, lan murih nyuwèrakên êrah wau, tiyang ingkang sakit wau dipun suntik toya sarêm, dene ingkang nyuntik kêdah dhoktêr piyambak.

Bêgja sangêt dene sapunika sampun wontên vaccin kolerah ingkang dipun suntikakên dhatêng tiyang saras, ing salêbêtipun satêngah dumugi sataun sagêd kalis tumrap sêsakit wau.

Tiyang ingkang gêpokan kaliyan ingkang sakit, ingkang botên mangrêtos rêrêsik tangan, pangangge lan sanèsipun, punika kêdah dipun tahan, utawi dipun pisah salêbêtipun 6 dintên.

Pranatan ingkang sampurna kangge nulak (nyêgah) sêsakit kolerah:

1. Toya ngombe lan ingkang kangge adus kêdah ingkang rêsik saèstu (toya lèdhêng).

2. Sêsukêr-sêsukêr anggènipun ambucal kêdah ingkang prênah sampun ngantos lalêr utawi kewan ingkang alit-alit angrêrubung, lan sêsukêr wau sampun ngantos sagêd rumêsêp dhatêng toya sumur ingkang kangge ngombe utawi adus.

3. Têtiyang ingkang saras kêdah dipun suntik vaccin kolerah supados sagêd kalis ing sêsakit wau.

4. Ing môngsa pagêblug kolerah tiyang sampun nêdha wowohan, sayuran ingkang mêntah, lan toya ngombe kêdah godhogan. (Badhe kasambêt)

[Grafik]

Ing sisih punika gambaripun toko Makasar ing Boven Digoel. Saking kiwa manêngên tuwan-tuwan opisir kapal Zegah, A. Palaloi, sudagar toko Makasar, opisir Zegah, Hamid Sutan saking Batawi, ing nglêbêt Tuwan Marjuki Rauh saking Sumatra kilèn.

--- 890 ---

Tanah dalah Tiyangipun

Kamajênganipun Tiyang Papuah

Sambêtipun Kajawèn nomêr 56.

Mila ingkang kêlimrah, tiyang Papuah punika manawi nênanêm botên nate ngambali wontên ing pasitèn ingkang sampun nate dipun tanêmi, salêbaring tanêman sakawit, lajêng pados pasitèn sanèsipun, awit botên kêkirangan siti. Tindakipun ingkang kados makatên wau, sanadyan lugunipun tanpa nindakakên sampurnaning akal budinipun, nanging malah anocogi kalihan wêwatêkaning siti ingkang dipun bubak têmbeyan, kêbak isi lêmi. Dados têrang bilih prasajanipun wau ugi sinêmbadan, dening tiyangipun manggèn wontên ing pasitèn ingkang taksih sarwa mardika. Sayêktosipun tindak ingkang kados makatên punika sampun mawi tatacara sawatawis, angênggèni bêbasan nêdha kaskayanipun piyambak, sarana nindakakên baunipun, inggih punika anggènipun nênanêm, nanging malah wontên malih ingkang saya prasaja sangêt, anggènipun pados têdha namung sarana ngêngundhuh wowohan, utawi nêgori wit sagu dipun pêndhêt pathinipun, awit ing wana botên kêkirangan têtêdhan ingkang sampun gumêlar, cêkap dipun têdha ing salaminipun. Kamirahaning Pangeran ingkang samantên wau, tumrapipun tiyang ing ngriku, tamtu andadosakên katêntrêmanipun, awit rumaos sampun sarwa botên kêkirangan.

[Grafik]

Tiyang Papuah ingkang sawêg anjêmparing ulam ing sagantên.

Bab tilêm, punika tumrapipun tiyang Papuah salugu namung ngênggèni kodratipun, têgêsipun sabên ngantuk inggih tilêm. Dene sarananipun, sanadyan bodho, inggih mêksa kêdunungan akal budi adamêl papan panggenan kangge tilêm, wontên ingkang namung warni kados [ka...]

--- 891 ---

[...dos] susuh, malah wontên ingkang sampun wujud griya. Caraning damêl rêrukunan, manawi sampun dados dipun ênggèni ing tiyang kathah, anggènipun têtunggilan rukun. Samôngsa griya wau risak, cêkap yasa enggal malih, awit botên kêkirangan bôndha, inggih punika kajêng sapanunggilanipun, saya tumrap griya ingkang namung sudhung, saya mayar sangêt. Tatacaranipun ingkang kados makatên punika taksih salugu dèrèng kawoworan punapa-punapa, mila adhakan tinêngga ing katêntrêman.

Bab jêjodhoan, punika sampun malih ingkang tiyang Papuah, sanadyan kewan ugi gadhah dêrêng kados makatên. Dene bab jêjodhoan punika kêtingal piyambak mênggahing rumaganging pôncadriyanipun, ingkang gêgayutan kalihan raos lêbêt, awit ing ngriku nuwuhakên gêgayutaning katrêsnan, sakawit namung dhatêng bojo, lajêng tangkar-tumangkar saya kathah. Ingkang makatên punika sok anjalari tuwuhing pasulayan, inggih sampun malih ingkang tiyang, sawêg ayam kemawon asring pêpêcohan, sawung sami sawung tarung jalaran saking bok lara lurik kêmiri. Dene tumangkaring kamurkan ingkang kados makatên punika, mênggah wosipun badhe nyantosakakên kabangsanipun, awit danguning dangu lajêng pilah-pilahan, upaminipun sadhèrèk, punika kayoman bapa, benjingipun lajêng pêcah dados kalih adêgan, lajêng ngawontênakên nak dhèrèk, wusana saya kathah saya kathah, lajêng kantun ngèngêti dhatêng ingkang nurunakên, nanging namung nama sabôngsa kemawon. Lan malih sarèhning bôngsa Papuah punika kawontênanipun taksih kados makatên, tamtu botên mangrêtos dhatêng pinanggihing lêlampahan ingkang makatên punika. (Badhe kasambêtan)

Raos Jawi

Kagunan Anjêmparing

Jêmparing punika satunggiling dêdamêl, ingkang kala kinanipun dados dêdamêling para prajurit kangge pêpêrangan, utawi kangge ambêbêdhag buron wana, wosipun kangge dêdamêl saking katêbihan. Tumrapipun kala jaman samantên, jêmparing punika dados dêdamêl ingkang pêng-pêngan piyambak, mila para prajurit sami sagêd ulah jêmparing. Dados mênggahing jaman sapunika sanjata.

Ingkang gadhah dêdamêl jêmparing punika botên ngêmungakên bôngsa Jawi kemawon, sanadyan bôngsa Eropah ugi makatên. Dene tumrap bôngsa têtiyang wanan, kados ta: Papuah, Dhayak, punika taksih sami migunakakên jêmparing. Nanging jêmparing wau mênggahing bôngsa Eropah tuwin Jawi lajêng botên kangge dêdamêling pêpêrangan, amargi kawon kalihan sanjata, ewadene dumugi sapriki, jêmparing wau inggih taksih, nanging namung tumônja kangge kasênêngan, nama jêmparingan, [jêmparinga...]

--- 892 ---

[...n,] inggih punika anjêmparing mawi lesan.

Kasênêngan ingkang kados makatên wau ing Eropah inggih taksih tumindak, malah ing Roosendaal (nagari Walandi) wontên pakêmpalan anjêmparing nama Amicitia dumugi sapunika adêgipun sampun 100 taun, têtêping satus taun mêntas dipun pèngêti kanthi pasamuwan, dene ingkang dados têtungguling tiyang ulah jêmparing nama Tuwan H. Nooteboom, kados ingkang kacêtha ing gambar sisih punika.

[Grafik]

Makatên ugi mênggahing bôngsa Jawi, sapriki bab ulah jêmparing wau inggih taksih tumindak, nanging kenging dipun wastani namung pilih-pilih, limrahipun namung golongan priyantun utawi sinatriya, malah manawi sinatriya, jêmparingan wau mawi dipun laras sayêktos, samôngsa panjêmparingipun sinatriya wau mencok ing lesan, tiyang ingkang nucuki, mawi ngêlokakên kanthi mastani nama jêmparingipun, awit jêmparing sagagrag ingkang dipun jêmparingakên wau mawi dipun namakakên, malah wontên ingkang dipun gamêli punapa, ungêlipun mawi sinawung ing sêkar.

Sayêktosipun mênggahing ulah jêmparing, tumrapipun bôngsa Jawi pancèn dipun anggêp satunggiling kawruh adi, dados botên kenging dipun paibên, saupami kala jaman purwa anjêmparing wau satunggiling kagunan linangkung. Malah wontên cêcariyosan ing jaman purwa ing bab anjêmparing wau ingkang kenging dipun pêndhêt suraosipun, saha kenging dipun raosakên dados wêwulang, têrangipun kados ing ngandhap punika:

Kasêbut ing sêrat cariyos Indhu, Sang Pandhita Druna punika satunggiling guru linangkung ing sawarnining kawruh, dalah ulah kaprajuritan inggih limpat, mila dados paguroning para sinatriya agung (raja sinatriya), malah kalokipun dipun wastani guruning para ratu. Sarèhning pandhita Druna wau namung dados paguroning para agung, botên wontên tiyang asli alit ingkang sagêd anggêguru dhatêng panjênênganipun, mila sang pandhita inggih lajêng anjumênêngakên kaluhuranipun, botên karsa dipun puruhitani tiyang asli alit. (Badhe kasambêtan)

--- 893 ---

Waosan Lare

Nagara Mirasa

III. Kêsèd milu pandhe ora kanggo

[Mêgatruh]

dhêlêg-dhêlêg Kêsèd kaya uwong gêtun / mata isih krasa arip / dadi linggih thênguk-thênguk / nanging pancèn durung tangi / linggihe aleyat-leyot //

tarontonging srêngenge wis ketok dhuwur / Kêsèd kêpanasan nuli / awak krasa angêt têrus / malah kringêt wiwit mili / saka kasuwèn nèng kono //

ing tujune kono sêpi anjêmamut / dalane prasasat mati / lôngka wong liwat lumaku / upama oraa sêpi / Kêsèd digêguyu uwong //

nuli tangi Kêsèd mlaku kluyur-kluyur / mengo rana rene sêpi / wêtêng wiwit nywara klukuk / sasmita anjaluk isi / nanging bisane mung angop //

suwaraning manuk êngkuk muni: kuk, kuk / Kêsèd karasa ing ati / upama ora lumaku / wayah manuk ngono kuwi / nèng ngomah wis warêg kokoh //

ing dhèk mau tujune dalane eyub / upama panas wis mêsthi / Kêsèd ora kuwat mlaku / awit saka wêtêng ngêlih / yèn lumaku andharodhog //

ora ngrêti nyang ngêndi gone lumaku / dalane sansaya cilik / malah banjur ilang jêdhug / anaa mung anjalirit / turut ngisoring kêkayon //

lan sing ketok ing kono mung kêthèk lutung / sanalika Kêsèd ngrêti / banjur muni karo nyêbut / o dadi awakku iki / sasat kalêbu ing grobok //

aku eling mirid dongengane biyung / jare kêthèk lutung kuwi / gone ing alas anjêmbrung / lan jarene sok mêthuki / sing jênênge macan gembong //

nanging kabèh samare ing ati mau / mêksa isih bisa kêndhih / saka wêtêng pating klukuk / pêrihe kaya anggarit / Kêsèd pijêr menga-mengo //

suwe-suwe nrima apa sing ditêmu / nêmu kêmlaka lan wuni / ya nekad bae dicêplus / pangrasane lêgi gurih / awit saka wêtêng kothong //

barêng uwis ketok antarane surup / Kêsèd duwe rasa wêdi / atine bangêt ing bingung / nganti ambarêbês mili / nanging kudu nrima ngono //

barêng bêngi ora bisa-bisa turu / saka adhêm karo wêdi / lan sabên arêp lês turu / dayaning kêmlaka wuni / kaya ngwênyêt-wênyêt rongkong //

barêng ketok antarane bangun esuk / krungu manuk padha muni / ayême ing ati têrus / larane wêtêng wis mari / banjur gregah mlaku alon //

dhèk samana lakune Kêsèd ambacut / alas saya ketok tipis / ora suwe nuli krungu / swara pandhe: dhong dhing dhong dhing / swara anggêbug ing palon //

wis ambacut lakune tumuli tutug / ênggone wong pandhe wêsi / Kêsèd nuli nyêdhak ambruk / nanging isih karo linggih / ambêgane krênggos-krênggos //

wong sing wêruh

--- 894 ---

banjur lèrèn aruh-aruh / ya kuwi sing pandhe wêsi: / êlo sapa kowe iku / raimu apayus putih / apa kowe lara mêngko //

Kêsèd kôndha mugi aparinga maklum / kula sanès tiyang sakit / tiyang lumampah kêblasuk / botên klêbêtan rijêki / wêtêng kula sangêt kothong //

kyai pandhe nuli bae cêluk-cêluk / nyang sing wedok ana buri / gêlis renea iki dhuk / sing wedok têka tumuli / nyawang Kêsèd andharodhog //

nuli clathu ki pandhe: gulo kuwi dhuk / bocah abangêt kêlantih / liwêtmu apa wis rampung / yèn uwis bok koingoni / wis kana jakên nyang pawon //

nuli mlêbu Kêsèd dijak iya nurut / barêng têkan pawon nuli / kon mangan sêga nul-mênul / bêras anyar putih mlêsih / lawuhe lan gudhêg wayon //

uwis mumut iwake wis padha ajur / bok kêmasan akon nuli / wis le mangana sing tutug / aja nganggo isan-isin / aku dhêmên dhayoh dhokoh //

mapan saguh Kêsèd nyidhuk sêga mak byuk / nganti munjung ana piring / gudhêge nganti mêthuthuk / lap-lêp mung pisan diwalik / nuli imbuh limang enthong //

êmbok pandhe bungah bangêt lan angguyu / dhayohe nglêgakke ati / nuli sing lanang malêbu / takon priye apa uwis / wis bèn kono le sing katog //

wise rampung wadhahe sêga wis suwung / gudhêge mung kari kwali / bok pandhe nuli calathu: / pakne kula ngliwêt malih / kula bingah yèn wong dhokoh //

pandhe clathu: karo yèn wong drêmba iku / harak malah jênêng bêcik / nyang gawean mêsthi maju / saya manèh pandhe wêsi / mangan akèh dadi otot //

wis anu le bêcike milua aku / tak ajari pandhe wêsi / jênêngmu sapa cah bagus / Kêsèd arêp muni isin / awit jênênge mangkono //

nuli clathu lirih jênênge diulur / nama Sukêsèd kiyai / ki pandhe nuli angguyu: / ah jênêngmu ora bêcik / mirid wujud ora cocog //

ngêndi ana uwong kêsèd awak bênthung / patute rak mênggrik-mênggrik / wusana wiwikwiwit. dhèk mau / Kêsèd banjur diajari / pandhe wong loro dhong dhang dhong //

nanging eman Kêsèd sambène mung ngantuk / aja manèh mandhe wêsi / yèn bisaa nganti sêngkut / sanadyan mung kon rêrêsik / anane mung sarwa abot //

seje dina sing wedok mara wêwadul / bab prakara butuh buri / pun bapakne dede mênus / sasat wong makani goni / blang-blêng napa mawon kamot //

gih gadhaha pari pintên-pintên lumbung / môngsa ngantosa sasasi / luwung angingaha asu / kenging dikèn jugug bêngi / balik Sukêsèd bêlandhos //

mung klekaran yèn linggih sambène ngantuk / mangane ngudubilahi / sêkule satumbu munjung / botên nate ngantos cicir / êmpun pak kèn lunga mawon //

kyai pandhe iya wis duwe panêmu / mung rada ewuh ing ati / nanging barêng ana wadul / kêpêksa banjur nglakoni / Sukêsèd ditundhung alon //

wis ta thole ing saiki rêbut cukup / ing bêcike kowe kuwi / golèk gawean sing patut / Kêsèd ora amangsuli / banjur ngadêg saka ngênggon //

ing batine garunêngan lan anjabrut / nuli lunga tanpa pamit / kyai pandhe ngrasa gêtun / rumasa agawe sêrik / lan gawe susahing uwong //

--- 895 ---

Jagading Wanita

Bab Olah-olah

Gadhon putri rêngu.

Anacaha daging lêmbu utawi maesa, ingkang ngantos lêmbat, abêning bumbunipun duduh inggih kados pangolahing gadhon: putri kungkum wau, namung kaotipun, cacahaning ulam botên mawi kauworan punapa-punapa, tuwin sasampunipun cuwolan ulam cacahan wau kaêsuran ing santên, lajêng kadekekan rajangan lombok abrit watawis sajumput (ingkang karsa ing pêdhês, mawi kawêwahana lombok jêmprit wêtahan 3 utawi 4). Sarta rajangan balimbing wuluh 2 iris tipis. Raosing gadhon putri rêngu wau sêgêr gurih.

Gadhon putri mandhi.

Pangolahipun gadhon putri mandhi punika sami kemawon kalihan gadhon putri rêngu, namung kaot botên mawi dipun dèkèki lombok lan balimbing wuluh, saha mawi kadèkèkana sungsum, tuwin acar timun 3 utawi 4 iris. Raosing gadhon putri mandhi wau gurih anyir sêmu sêgêr.

Patrapipun angratêngi gadhon tigang warni wau makatên: angêngkrêngna wajan utawi kuwali ing kêrên, katoyanana satêngah andhap, lajêng kapasangana sarangan (wilah kaanam bêthekan kêpara kêrêp) kaangkaha sampun ngantos kaclop ing toya, wungkusan-wungkusan gadhon lajêng katataa tumumpang ing sarangan, tumuntên katutupana ing kêkêp, lajêng kaoborana, bilih godhong ingkang kangge mungkus wau sampun katingal matêng, inggih mratandhani bilih sampun matêng. Utawi kenging namung kakukusakên ing dang nyarêngi manawi sampun tapung.

P.

[Grafik]

Gambar sasisih punika sawangan saking sanginggiling rêdi Sinabung, Sumatra Wetan. Kados para maos ugi sampun nate anglampahi, upami minggah ing rêdi ingkang lajêng ningali toya sagantên kimplah-kimplah, kadospundi mênggahing raos ingkang kados makatên punika.

--- 896 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Èwêd Pakèwêding Pangkat Pangrèh Praja

X.

Garèng : Dadi nèk mêngkono, kowe wis cocog anane pilihan lurah kuwi, mung bae kudu diowah. Bab ngowah barang sing wis ana pancèn iya gampang, nanging ngowahe mau apa kêna dipêsthèkake yèn bakal dimathuki wong akèh, lan apa iya wis mêsthi bêcike kadadeane. Apamanèh prakara sing gawat mêngkono, ora dadi drêdah, lagi barang sing sêpele bae, sok bisa mêcahake wudun têmênan. Kaya ta upamane: cara Mêgêlang kuwi nèk pèi, ajining bunci irêng lan abang 30, keyang 20, pang 20, lan macan 10, jajal saikine coba kok owahana cara nagara liya, yaiku: ajining bunci irêng 13, keyang 12, pang 11, lan macan 10. Lho kiyi prakara sapele bangêt, ewadene nèk ora kabênêran, rak kalakon wurung, dadi le pèi banjur ora sida.

[Grafik]

Petruk : Lho, kuwi nèk Kang Garèng, wong lagi ngrêmbug prakara sing prêlu, ujug-ujug kok banjur nalèncèng nyang pèi. Nèk mungguhing pèi, yèn pancèn wis matuh cara Mêgêlang, kok banjur diowahi kaya kandhamu mau, wis mêsthi bae yèn bisa anjalari ora rênane para sing padha sênêng nyang pèi, awit petungane banjur suda, lan yèn kabênêr unggul jurite, panarike iya ora pati sathekruk.

Garèng : Nèk nitik kandhamu kiyi kowe sajak ngaran-arani, yèn ing Mêgêlang kuwi akèh para sing dhêmên main, dhêmên ngabotohan, we, hla, rak iya sêmbrana bangêt. Iya bênêr ing kana kuwi kalêbu akèh para sing dhêmên ngasta sipat satus rongpuluh, nanging rak dudu jênêng main, jênênge sing têmênan kasukan, dadi mung digawe sênêng-sênêng, ngiras-ngirus dianggo sarana cagak êlèk, utawa sarana kanggo golèk mêmitran.

Petruk : Omongmu kiyi aku pracaya bangêt, sanadyan anggone arêp mêlèk utawa anggolèk mêmitran mau, sok bisa anglalèkake anak bojone, lali mlêbu ing kantore, cêkakane banjur lali mênyang kuwajibane.

--- 897 ---

Garèng : Kuwi aran wis lumrah, wong urip nang donya ki nèk kabênêr sênêng, aja manèh anak bojone utawa pagaweane ora lalia, lagi karo sing gawe urip bae mêksa bisa lali. Wis, wis, kok banjur ngrêmbug sing dakik-dakik, caritakna bae mungguh panêmumu ing bab owah-owahaning pilihan desa, bêcike kapriye.

Petruk : Ing ngarêp aku wis ngomongake angèl lan rêkasane wong dadi lurah. Anane owah-owahaning paprentahan ing kono ora bakal nyuda kuwajibaning lurah, nanging malah saya wuwuh, tur saya angèl lan gawat, kaya ta yèn rad desa wis wiwit tumindak, kang dibubuhake dadi pangarsane, dadi sing wajib nênuntun parêpataning rad mau, ora ana liya manèh, iya kudu lurah. Kowe rak iya wêruh dhewe rêkasane wong dadi pangarsa, êmbuh pangarsaning kumpulan, parêpatan, apadene pangarsane bêbadaning paprentahan.

Garèng : Ewadene ana bangsaning pangarsa, sing ora rêkasa kuwajibane sarta kêpenak, yaiku pangarsaning wong gêndurèn, kuwi anggêre bisa andongani lan ambagi bakal brêkatane, wis cukup, tur bisa milih dhadha mênthoke.

Petruk : Kuwi rak rumasamu, nanging sanyatane ora mêngkono. Wong sing piniji mangarsani wong gêndurèn, kaya unimu mau, kuwi iya ora anjupuk sawong-wonge bae, nanging iya kudu milih wong sing pintêr nyang agamane. Ambalèni kuwajibane lurah dadi pangarsa, kuwi kudu nyakup marang kabèh prakara kang dirêmbug ana ing rad kono, kudu trampil wicarane, kudu kêdunungan watak adil kudu bisa nuntun parêpatan, lan isih akèh manèh tunggale.

Garèng : Wah, wah, wah, hla, kok pating bênthalit mêngkono, iya durung kursus aku nèk bab kiyi, mara, têrangna dhisik.

Petruk : Lho, kuwi upamane mêngkene: ing parêpatan rad desa angrêmbug arêp ngêdêgake sakolahan desa, ing kono pangarsane kudu ngrêti marang gunane sakolahan desa, kudu ngrêti sapira bakal waragade, kudu ngrêti pira gurune, lan liya-liyane kang gêgayutan karo adêging pamulangan mau. Mulane lurah sing dadi pangarsane rad desa, kudu nyakup mênyang prakara sing dirêmbug ana ing kono. Kajaba iku kudu bisa nêrangake mungguh pigunane sakolahan desa nganti talêsih marang parêpatan kono, dadi wong sing amêm, ora trampil wicarane iya angèl anggone nêrang-nêrangake mau. Wong dadi pangarsa kuwi ora kêna ngukuhi panêmune dhewe, nanging kudu nganggo timbangane warga liya-liyane, aja mlengos, aja mrêngut, yèn ana wong liya gèsèh karo panêmune dhewe, mulane pangarsa kudu kêdunungan watak adil. Ing parêpatan kono kudu bisa tata lan runtut apa sing dadi lajêring rêmbug, aja nganti ing parêpatan kono ana pasulayan kang bakal dadi rame kaya wong sing lagi trawèh, lan sapanunggalane.

Garèng : Hla, nèk kaya kandhamu, wong sing kudu dadi lurah kuwi ora cukup yèn mung wong sing kacukupan, sing kajèn ana ing desane, nanging iya

--- 898 ---

kudu wong sing olèh pangajaran, cêkake wong sing pintêr.

Petruk : Pancèn mula iya mangkono, prêlune supaya bisa ngènthèngake priyayine, awit lurah sing pintêr kuwi apa dhawuhe priyayine mêsthi banjur bisa nyandhak bae, sauwise, iya kaya uniku ing ngarêp, bisa banjur ngêcakake apa dhawuhe priyayi mau ana ing desane. Hla, saiki sing bisa ngira-ira, sarta sing bisa andumuk wong sing pintêr utawa ora kanggo dadi lurah, kuwi têmtune iya priyayi, awit wong desa dhewe wis bola-bali tak omongake, umume padha kurang kawruhe, dadi têmtune iya ora bisa ngira-ira utawa manèh ngarani wong sing pintêr lan sing bisa nindakake kuwajibaning lurah. Ing sarèhning sabênêre sing padha ambutuhake lurah kuwi golongan loro pisan, iya priyyai, iya wong desa, mulane nèk saka panêmuku karo pisan iya kudu padha anduwèni wawênang milih kabèh, dene pranatane mangkene: ing sarèhning priyayi sing bisa ngira-ira, apa wong pintêr utawa orane dadi lurah, sing diwajibake milih kandhidhat lurah kudu priyayi, pira kandhidhate kuwi ora bisa ngarani, mung gumantung saka gêdhening desane, wis mêsthi bae saya gêdhe desane, iya saya akèh kandhidhate. Nanging pamilihing kandhidhat-kandhidhat mau, iya kudu kanthi cocoging wong-wong desa. Hla, sabanjure sing anêtêpake dadine lurah, kuwi iya wong desa dhewe sarana pilihan kaya sing uwis-uwis.

Garèng : Wiyah, kathik rèwèl têmên mêngkono, dene jaman biyèn kuwi lurah ora prêlu pintêr-pintêr, ora sêkolah ora sêkolèh, ewasamono desane iya bêcik bae, kaya tênggorokan diambah wedang soklat, lêr alus bae.

Petruk : Lho, jaman biyèn pranatane seje karo saiki. Bab kiyi liya dina bae padha dirêmbug manèh.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Kawrat ing sêrat kêkancingan parentah tanggal 26 Juni kêpêngkêr nomêr 12 sêtatsêblad 190, mratelakakên wontênipun sêtanplattulah, tumrap Sêmarang têtêp 5%. Magêlang rumiyin 5% namung kantun 3%. Pakalongan angsal 3%. Surakarta rumiyin 5% kantun 3%. Ngayogya têtêp 3%. Bogor tuwin Sukabumi rumiyin 8% kantun 5%. Bandhung rumiyin 10% kantun 8%. Sêtanplattulah tumrap Malabar lan Cililin dipun suwak. Cimahi têtêp 5%. Tasikmalaya angsal 5%. Batawi tuwin Mistêr Kornèlês têtêp 10%. Cirêbon têtêp 3%. Surabaya têtêp 10%. Majakêrta angsal 3%. Malang angsal 8%.

Miturut pawartos Bat. Nbld. suwakipun punalêsangsi (inggih punika pranatan bab ukuman pêksan ingkang sampun dados gêgantunganipun kuli kontrakan) têrangipun makatên: wiwit taun 1930 tumrap kontrakan kuli sajawinipun jajahan Indhonesiah, punalêsangsi wau sampun wontên ingkang badhe dipun suwak, inggih punika ing Malakah, tumrap kuli-kuli kontrak bôngsa Jawi. Salajêngipun kuli-kuli Jawi kontrak ingkang kakintunakên mriku punika lajêng katut kêbawah anggêr-anggêr nagari ingkang katêlah nama Labour Code ingkang sapunikanipun kangge kaprêluan wau têksih badhe dipun saèkakên sakêdhik, gêgayutanipun kalihan beda-bedaning umur, adat lan agaminipun kuli-kuli saking tanah Jawi.

--- 899 ---

Dumuginipun dintên punika ingkang bupati ing Batawi dêdalêm wontên ing dalêm sewan, samangke wontên pawartos, bilih nagari badhe ngawontênakên kabupatèn piyambak, malah sampun mundhut griyanipun Tuwan Salomons ing prapatan (Wèltêprèdhên) pangaos f 80.000.- Kabaripun griya wau, taksih kêdah dipun dandosi malih. Ewasamantên sanadyan dipun dandosana kadospundi kemawon, manawi botên dipun wontêni pandhapanipun, sajakipun kirang mungguh.

Awit saking kamirahaning tuwan ingkang anggadhahi gêdhong kumisi ing Kranggan, Surabaya, nglilahakên gêdhongipun kangge mitongtonakên têtingalan darma kanthi lêlahanan, ingkang angsal-angsalanipun kangge mitulungi têtiyang ingkang kasangsaran kêbêsmèn ing Grêsik. Bab punika pantês dados tuladan.

Pangadilan rad pan yustisi ing Sêmarang mêntas andhawahakên karampungan dhatêng pasakitan Kops tilas buk owêr killir masêkape Jungkare, kaukum kunjara 4 taun, jalaran prakawis nyalingkuhakên arta f 125,000.

Wontên kabar, botên watawis dangu malih kantor Javasche Bank ing Wèltêprèdhên, badhe ngêdalakên arta kêrtas enggal, inggih punika pangaos f 1000 lan f 500.

Kala dintên Sabtu ingkang kapêngkêr punika, ing dalêmipun Tuwan Adviseur voor Inl. Zaken dipun wontênakên parêpatan prêlu angrêmbag badhe ngajêngakên drajating kasagêdanipun para pêngulu, jalaran badhe ewah-ewahaning rad agami. Ingkang sami anjênêngi parêpatan wau, kajawi Tuwan Prof. Dr. Husèn Jayadiningrat, para bupati ing Bandhung, Magêlang lan Pamêkasan, punapadene para pêngulu tuwin para ngulama saking Bantên, Priyangan, Ngayogyakarta, Rêmbang, Surabaya sarta Madura.

Salêbêtipun rêrêmbagan wau, ingkang ugi angèngêti tatacara tuwin kabêtahanipun satunggil-satunggiling panggenan, sadaya sami anyondhongi, bilih drajading kasagêdanipun para pêngulu punika kêdah dipun indhakakên. Para ingkang sami anjênêngi parêpatan, sami sarujuk, bilih rekadaya murih sagêdipun kalêksanan punapa ingkang kasêdyakakên wau, kêdah katindakakên tigang prakawis:

1e. Drajat tuwin pamêdalipun punggawa mêsjid kêdah dipun saèkakên, sarana ngirit sawatawis, kintên-kintên badhe sagêd kalampahan tanpa mawi waragad nagari tuwin para kaum muslimin.

2e. Tumrap warni-warnining pangkatipun para punggawa mêsjid, kêdah dipun wontênakên èksamên, sarta kêdah angèngêti kawontênaning panggenanipun.

3e. Ngawontênakên kursus tumrap calon punggawa mêsjid. Ing ngriku sadaya sami rujuk, bilih pangagêng nagari samia ngajêngakên tuwin nênuntun dhatêng têtiyang partikulir murih sami ngêdêgakên kursus piyambak.

Kados ingkang sampun kawartosakên ing Kajawèn ingkang dèrèng dangu punika, ngêwrat kawontênanipun kapal motor Jêpan ingkang kèrêm saha dipun tulungi kalihan kapal api Tydens kados gambar ing ngandhap punika.

[Grafik]

Ing nginggil gambar kapal motor Jêpan ingkang kèrêm, ing ngandhap baita ingkang anulungi têtiyangipun.

Pawartos saking administrasi

Lêngganan nomêr 1962 ing Surabaya. Nglêbêtakên lêngganan 4, pikantuk gratis 1. Yatra kêdah kabayar rumiyin f 6.-

Agèn M. Salam ing Purwakêrta. Yatra f 1.50 tumrap ab. no. 650 kula etang makatên: f 0.50 kangge tunggakanipun ing wulan April, ingkang f 1.- kangge 3e kw. dados Mèi Juni botên langganan.

Lêngganan nomêr 783 ing Babat. Bale Pustaka botên sade.

Lêngganan nomêr 1183 ing Munthilan. Manawi panjênêngan kadugi nanggêl lêbêting yatra bayaran, inggih badhe pikantuk.

Lêngganan nomêr 3624 ing Munthilan, kenging.

Lêngganan nomêr 1017 ing Kêdhunggalar. Kajawèn ajêg kula kintun, jêr panjênêngan botên nate nunggak. Nomêr pintên ta ingkang dèrèng dipun tampèni.

Lêngganan nomêr 613 ing Majasari. Paring priksa kemawon, kadospundi adrèsipun mitra-mitra ingkang wontên ing ngrêdi punika, mangke badhe kula kintuni lêlahanan.

--- 900 ---

Wêwaosan

Sêrat Bayan Budiman

Karanganipun Mas Arjawiraga.

11

[Mêgatruh]

dupi krungu ing tyasira apan saguh / sumêdya anyidrèng pati / môngka usadaning rapuh / marma dupi kêthèk prapti / nulya cinidra kalakon //

ing satêmah mitra anêmahi lampus / dahat dènnya mêlasasih / dyan ingambil atinipun / tumuli kinèn ambukti / tan sawala wus linakon //

ing antara ari apan waluya wus / têtêp wus pugut samangkin / araning mitra wus larut / mung kari andhêdhêr wiji / piawon sajroning batos //

palêstha wus caritaning pêksi wau / ananging tan pisan kongkih / nênggih suta-sutanipun / pan maksih kulina maring / sutaning luwak nèng gowok //

anyarêngi sawijining ari nuju / anaking luwak kêkaring / nèng paragak inguk-inguk / kadênangan dening janmi / nulya sinawang malênggong //

mung ing cipta tan pêgat anggung anggilut / paran marganirèng bangkit / antuk luwak kang kadulu / marma tan kêndhat tiniti / wusing têtela cumêplong //

duk ing dalu pinènèk cinêpêng sampun / tumuli ginawa mulih / mangkana kang luwak sêpuh / dahat dènira prihatin / dupi wruh suta cinolong //

sajroning tyas dahat tan tarima tuhu / nulya milênggahkên maring / asu ajag kang wus komuk / widagda marang prakawis / mrih ngadili kang sayêktos //

ucapipun dhuh mitraningsun satuhu / ingsun iki minta adil / paran ta darunanipun / dene sutaningsun mangkin / sirna dhinustha ing uwong //

môngka ingsun darbe tôngga pêksi cubluk / apan darbe anak katri / kabèhe tinêmu wutuh / tan pisan ana kang rêmpil / ing tyas ingsun anggung ngontog //

alon muwus asu ajag linut guyu / anèh têmên sira iki / wong kelangan anênutuh / marang ing tôngga têpalih / harak ginuyu ing uwong //

nanging ingsun uga tan abot têtulung / tan lyan amung mituturi / lah mangkene pratikêlku / samôngsa sira mrangguli / wêruh janma kang anyolong //

aywa pisan-pisan sira katon gugup / api-apia tan ngrêti / kalamun janma wus wêruh / arahên mrih bangkit uning / dununging pêksi ing gowok //

yêktinipun ing samôngsa janma wêruh / mêsthi kêtarik ing ati / nêdya ngundhuh susuh manuk / ing satêmah pêksi katri / kêlakon pinèt ing uwong //

dadi sira tan pisan kêgêpok luput / marang tangganira pêksi / apa tan lêga atimu / yèn tuturku kolakoni / mara pikirên ing kono //

manthuk-manthuk luwak sakalangkung sarju / èsêmira pan kêtitik / tumuli linakon sampun / lawan dupi janma uning / susuh pêksi dahat gawok //

ciptanipun mêngko sore bae uwus / sun angundhuh susuh pêksi / wusing diwangkara surup / janma wus mèpèt nyakêti / wontên ngandhaping kêkayon //

duk ing wau jaka tuwa pan wus wêruh / wiwit duk ing wanci enjing / kalaning janma andulu / lan batin sampun andugi / pandamêling luwak awon //

mangke amung nêdya mèt sarananipun / amrih bangkit anyingkiri / ywa kongsi manggih pakewuh / nanging mung pêpêt kêpati / datan pisan bangkit manggoh //

puntonipun tan lyan amung nêdya nglalu / sabrayat sabaya pati / marmanira duk andulu / janma wus mènèk nyakêti / nulya anggêlêngkên punton //

gita-gita ambucali sutanipun / ywa kongsi cinêpêng janmi / nanging tumrap badanipun / tan pisan bangkit ngluwari / nulya cêg cinêpêng uwong //

awit janma têtela pandulunipun / marang patrapirèng pêksi / kalawan malih kêbarung / grubyug aburirèng pêksi / kang nunggil wontên kêkayon //

pan ing ngriku janma dahat dènnya bêndu / pêksi arsa dèn pêjahi / nanging pêksi nulya muwus / bok inggih sabar rumiyin / ginaliha ingkang maton //

saupami kêlampahan kula lampus / punapa inggih pakolih / yèn ta melik daging ulun / bêbasan mung dadya slilit / rak pituna agêng yêktos //

harak luwung kasadea bae sampun / kintên kula bokmanawi / sèwu dinar sagêd payu / lamun makatêna yêkti / mukti andika rak katog //

lawan malih mênggah kula yêktosipun / apan ugi darbe ngèlmi / padhukunan kang pinunjul / mandining kang idu putih / kenging winastanan elok //

marmanipun kalamun andika sarju / ing ngriki wontên narpati / mangkya nuju nandhang rapuh / yèn ta kalampahan yêkti / bagya andika gumolong //

pan ing ngriku janma tuwuhing tyas sarju / tumuli anglêksanani / pêksi pinundhut ing ratu / lan kauningan sang aji / kukila bangkit wêwartos //

lawan sanggup pangusadani sang prabu / nulya kasambadan bangkit / têmah waluya satuhu / kadi duk ing wingi uni / dahat panarimèng katong //

karênaning panggalih satêmah tuwuh / arsa angganjar sang aji / pêksi adarbe panuwun / yèn kaparêng mituruti / tan prêlu angganjar kêton //

jaka tuwa kang dadya panuwunipun / mung parênga angluwari / sang prabu nulya mituhu / pêksi ingêculkên malih / angambara tanpa anggop //

ing wusana pinangguh rabi lan sunu / dahat samya sukèng ati / têtêp lêstari akumpul / kongsi praptanirèng pati / tinunggu ing karahayon //

palêstha wus caritaning bayan wau / nulya awacana aris / nyai mênggah jatosipun / janma kang tindak basuki / walêsipun tamtu manggoh //

lawan malih mênggah kosok-wangsulipun / sintên kang cidra sasami / tan sande tamtu angundhuh / kang makatên sampun mêsthi / wèh asmaraning lêlakon // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 59, 16 Sapar Taun Ehe 1860, 24 Juli 1929, Taun IV

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [917] ---

Ôngka 59, 16 Sapar Taun Ehe 1860, 24 Juli 1929, Taun IV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Sukabumi

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar margi ing Selabintana (Sukabumi)

--- 918 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja, Ind. Arts. ing Kudus

Sambêtipun Kajawèn nomêr 57.

Sêsakit dhesêntri (ambêbucal rah umbêl, mêjên)

Sêsakit punika, titikanipun tiyang ingkang sakit anggènipun ambêbucal awarni êrah lan umbêl. Sakawit murus, botên dangu ambêbucal êrah lan umbêl, punika sok ugi katutan sêsukêr sakêdhik, utawi namung mligi êrah lan umbêl kemawon.

Samôngsa tiyang ingkang sakit wau badhe ambêbucal ing wêtêng kraos mulês, kanthi ngêdên sangêt, sadintên sadalu anggènipun ambêbucal rambah-rambah, sagêd ngantos kaping 100 utawi langkung.

Sêsakit dhesêntri punika wontên warni kalih, inggih punika bacillair kalihan amoeben dhesêntri.

Bacillair dhesêntri sakitipun mêsthi mawi bêntèr, amoeben dhesêntri trêkadhang wontên ingkang mawi bêntèr sakêdhik, nanging limrahipun botên.

Kula asring anjampèni tiyang ingkang kenging sêsakit amoeben dhesêntri ingkang mawi bêntèr, langkung-langkung manawi lare alit ingkang katrajang, punika mèh racak sakawit mawi bêntèr.

Dene tiyang ingkang sakit bacillair dhesêntri punika kraosipun bêntèr sangêt, lan angrêkaos, tiyang ingkang ningali inggih nyumêrêpi mênggah rêkasoipun tiyang ingkang sakit. Adatipun tiyang ingkang sakit makatên wau enggal lajêng pêjah, utawi saras ing salêbêtipun 14 dintên, trêkadhang ugi ngantos dangu, nanging lôngka.

Ingkang kêlimrah, sêsakit bacillair dhesêntri punika manawi tuwuh wontên ing satunggaling panggenan, ing ngriku lajêng kathah têtiyangipun ingkang katrajang (epidemisch) gampil tular-tumularipun dhatêng tiyang sanès, inggih punika ingkang sami sêsrawungan utawi magêpokan kalihan tiyang ingkang sakit wau.

Sêsakit dhesêntri punika panularipun mèh sami kalihan sêsakit tipês utawi kolerah. bacillendrager-ipun sêsakit punika inggih ambêbayani sangêt tumrapipun tiyang saras ingkang magêpokan kalihan tiyang ingkang kenging sêsakit makatên wau, langkung ambêbayani tinimbang kalihan tiyang ingkang sawêg sakit lêrês, awit tiyang ingkang sawêg sakit lêrês, sampun cêtha. Dados tiyang ingkang saras kêdah anjagia supados sampun ngantos kêtularan, awit, bacillendrager punika botên wontên tôndha-tandhanipun.

Kajawi panularipun sêsakit wau jalaran saking magêpokan kalihan tiyang ingkang sakit, ugi sagêd nularakên manawi tiyang ingkang saras lajêng nênêdha têtêdhan utawi ngombe toya ingkang wontên wijinipun sêsakit wau, jalaran saking lalêr ingkang ambêkta wijinipun sêsakit, dados suku utawi sungutipun lalêr wau inggih lajêng gupak rêrêgêd, ing wusana pindhah lajêng mencok ing têtêdhan, bilih têtêdhan wau katêdha ing tiyang, sampun têmtu lajêng

--- 919 ---

kêtularan ing sêsakit wau.

Kangge pasêksènipun inggih punika ing Sêmarang, wontên epidemie dhesêntri ing satunggiling internaat ingkang dipun pranata anyêkapi mênggahing panulakipun, utawi lare-lare ingkang sakit dipun jampèni, nanging sêsakit wau mêksa tansah ngômbra-ômbra, ananging sarêng griya internaat wau dipun tutup mawi metaal gaas, prêlunipun sampun ngantos lalêr sagêd lumêbêt ing salêbêting griya wau, wusana sêsakit wau botên wontên malih (ical), dados cêtha sangêt lalêr punika anjalari tular-tumularipun sêsakit wau.

Têtuladan malih, nuju satunggiling wêkdal ing Colombo wontên pagêblug dhesêntri, ing ngriku wontên kapal api dhatêng, wontên salah satunggiling tiyang numpak kapal dhatêng dharatan tumbas sawo manila lajêng katêdha, ing wusana têtiyang numpak sakapal lajêng sami katrajang sêsakit wau.

Sêsakit Amoeben dhesèntri dhatêngipun botên dadakan, nanging saking sakêdhik, kraos mulês lajêng wêwah kraos ngêdên, manawi badhe ambêbucal wêtêngipun kraos mulês, sakawit anggènipun ambêbucal awarni sêsukêr lan êrah, lajêng campuran êrah lan umbêl, saya dangu lajêng namung umbêl lan êrah kemawon.

Wijining sêsakit Amoeben wau manggèn ing umbêl, mila sêsukêr wau manawi kapriksa mawi kacapraksana, pinanggihipun wiji-wiji wau inggih wontên ing umbêl.

Sêsakit Amoeben wau wontên ing usus nêdha kêndhanganing usus lan êrahipun, mila ing ngriku lajêng ngêmu nanah ingkang lajêng andadosakên tatu ngorèng nukulakên mêjên wau. Amoeben wau sagêd katut ing êrah kabêkta dhatêng pundi-pundi, ing jêroan, paru, limpa, utêk, lan sanès-sanèsipun. Ing ngriku lajêng sagêd nukulakên sêsakit warni-warni.

Mila manawi kirang prayitna anggènipun mriksa, lan botên pratitis anggènipun anjampèni, ingkang sakit sampun mêsthi botên sagêd saras.

Sadèrèngipun wontên jampinipun sêsakit wau ingkang sayêktos, rumiyinipun kathah ingkang lajêng tiwas, punika jalaran saking sakit jêroan, utawi sanès-sanèsipun. Ing sadèrèngipun, para dhoktêr dèrèng mangrêtos bilih sêsakit jêroan wau gandhèng utawi jalaran saking Amoeben dhesêntri wau.

Miturut ingkang sampun kula aturakên ing nginggil, panularipun amoeben dhesêntri punika jalaran saking toya utawi têtêdhan ingkang sampun katularan wiwi-wijiwiji-wiji. sêsakit wau. Contact infectie têgêsipun, nularipun sêsakit jalaran saking magêpokan kalihan tiyang ingkang sakit, punika inggih tamtu sagêd kalampahan, ananging kangge amoeben dhesêntri punika nularipun jalaran saking toya ingkang sampun wontên wijining sêsakit wau. (Badhe kasambêtan)

--- 920 ---

Jagading Sato Kewan

Pêksi Anèh

Anggèn kula badhe ngarang bab pêksi anèh punika sampun sawatawis wulan dangunipun, ananging tansah kandhêg, awit kuwatos manawi para maos sami anggalih dora. Dumadakan kala tanggal ping 17 Juni 1929 kula nglêrêsi papriksa dhatêng dhusun Tanjungsari bawah ondêr dhistrik Panekan, sumêrêp malih pêksi ingkang kula wastani anèh wau nglêrêsi nindakakên kaanehanipun.

Para maos amasthi sami anggalih dhatêng kêpalanipun karangan punika: pêksi anèh. Punapa pêksi ingkang nêmbe kula sumêrêpi wau anèh wujudipun, punapa wulunipun. O, sanès, ingkang kula aturakên anèh punika wêwatêkan tuwin lêlampahanipun, malah pêksinipun sampun kenging kawastanan sabên tiyang utawi lare sumêrêp, inggih punika lêlampahanipun pêksi kalih, satunggal pêksi pênthèt utawi ênthèt, kalih pêksi êmprit gantil.

Sapunika ingkang kula cariyosakên rumiyin pêksi pênthèt. Pramila dipun wastani pêksi pênthèt, awit ungêlipun: thèt, thèt. Manawi mungêl buntutipun mobat-mabit ngiwa nêngên. Pêksi pênthèt punika pintêr ngocèh, lare-lare mastani muji. Ing wanci enjing kintên-kintên jam satêngah wolu lajêng dhedhe kalihan ngocèh wontên ing pagêr utawi carang. Pundi panggenan ingkang dipun sênêngi, sabên dintên manawi ngocèh wontên ing ngriku, dados kenging kawastanan ajêg. Pêksi pênthèt punika kagolong kêndêl, dipun eringi para pêksi ingkang alit-alit. Malah pêksi pênthèt punika purun anglawan pêksi alap-alap. Sanajan cakaripun botên santosa, ananging cucukipun kiyat, ing êpok ingkang nginggil wangunipun kados untu, pramila manawi nothol (nyakot) sakit.

Pêksi pênthèt punika ingkang dados têdhanipun bangsaning kewan ingkang alit-alit tuwin bôngsa ibêr-ibêran, kados ta: cacing, prêcil, ulêr, walang, kupu tuwin sapanunggilanipun. Namung gumun kula manawi pinuju angsal prêcil kalih utawi tiga, têka botêmbotên. enggal katêdha, ananging dipun tancêbakên ing carang utawi êri sarana kadhèndhèng, langkunganipun ingkang katêdha kangge tandhon. Anggènipun jêjodhoan ugi rukun sangêt, manawi ingkang èstri pinuju nigan, ingkang jalêr pados têdha kangge ngloloh ingkang èstri. Malah ungêlipun ugi niru piyik. Makatên punika botên namung wontên ing susuh kemawon, sanajan wontên ing purug ugi makatên.

Ing nginggil sampun kula aturakên, manawi dhedhe utawi ngocèh panggenanipun ajêg, pramila manawi masangi ugi gampil, rekanipun makatên: mêndhêta sada blarak ingkang têlês, dipun ongoti dumugi pucuk, wangunipun kados pêcut, sada wau kapêndhêt ingkang pucuk watawis kalih kilan, sadaya dipun lêlêt mawi pulut. Padosa [Pa...]

--- 921 ---

[...dosa] jangkrik utawi gangsir, dhadhanipun dipun tangsuli ing bolah, bolah wau ingkang sasisih dipun tangsulakên ing pokipun sada wau, lajêng dipun tancêbakên ing siti sacêlakipun panggenan ingkang kangge ngocèh pêksi wau. Manawi pêksi sampun sumêrêp, têmtu lajêng murugi. Gangsir lajêng kathothol katarik-tarik, sadanipun mêntul-mêntul nyabêti pêksi, lajêng kenging.

Sapunika gêntos ingkang kula criyosakên, inggih punika pêksi êmprit gantil. Agêngipun mèh sami kalihan pêksi pêrkutut, warninipun ugi kados pêksi prêkutut, nanging ragi cêmêng sakêdhik, têdhanipun: kupu, ulêr, walang, laron tuwin sapanunggilanipun. Ungêlipun: thit,... thit,... thit, thit thit thit thit. Manawi môngsa rêndhêng siyang dalu tansah mungêl.

Para maos mêsthi sami andangu: Punapa ingkang anèh.

Pêksi êmprit gantil punika manawi nigan botên purun ngêngrêmi piyambak. Ingkang ngêngrêmi pêksi pênthèt.

Cariyosipun makatên: manawi badhe nigan tansah madosi pêksi pênthèt ingkang pinuju nigan. Samôngsa pêksi pênthèt nilar susuhipun, pêksi êmprit gantil murugi dununging susuh, tiganipun pêksi pênthèt dipun pêcahi, emprit gantil nigan kangge lintu. Dados pêksi pênthèt ngêngrêmi tigan êmprit gantil. Manawi nêtês dados piyik êmprit gantil. Sanajan makatên pêksi pênthèt anggènipun ngopèni ugi botên beda kalihan piyikipun piyambak. Mênggah bedanipun piyik pênthèt kalihan êmprit gantil makatên: piyik pênthèt warninipun klawu, ing bathuk saking mripat kiwa cêmêng dumugi mripat têngên, buntut panjang warni cêmêng. Ungêlipun: ci... yit, ci... yit. Manawi piyik êmprit gantil: cirt, cirt, cirt.

Mênggah anggènipun nyantuni tigan kula dèrèng nyumêrêpi piyambak, ananging pêksi pênthèt ingkang momong piyik êmprit gantil sampun rambah-rambah. Gumun kula, dene pêksi êmprit gantil punika sabên nigan madosi susuh pênthèt, inggih manawi pinuju wontên, manawi botên wontên kadospundi. Bokmanawi tiganipun dipun pêcah utawi kabucal. Mila pêksi êmprit gantil punika inggih ragi lôngka wontênipun.

Punika ingkang kula wastani anèh, dene ingatasipun pêksi têka gadhah rekadaya samantên.

Wusana sumôngga para maos.

Jayasuwignya. Panekan.

[Grafik]

Gambar ing nginggil punika lèpèn Ciliwung, ing sawingkingipun gêdhong rad kawula ing Wèltêprèdhên.

--- 922 ---

Pawartos Wigatos

Matrus lan Lajênganing Pangajaranipun

Sarèhning sampun limrah pangajêng-ajênging tiyang siti punika sagêda cêpêng damêl tuwin sagêd minggah pangkat, prêlu kangge sarana kautamèning gêsangipun, mila ing karangan punika mratelakakên ing bab padamêlan marinê tuwin lampah-lampahipun. Ing bab punika kêdah ngèngêti: murih tumuntênipun sagêd dados ondêr upsir tuwin sampun kadangon dados matrus kemawon. Tiyang sagêd minggah pangkat dados ondêr upsir wontên ing padamêlan pintên-pintên golongan (dienstvak), dados ing sadèrèngipun kêdah anggadhahi pamilih, badhe dados ondêr upsir saking golonganing padamêlan punapa. Ing bab punika botên prêlu kapratelakakên, tiyang sampun sagêd ngraosakên piyambak dhatêng padamêlan ingkang sagêd damêl panujuning manah, ingkang sagêd anjalari tumêmêning nyambut damêl. Tiyang sasampunipun milih padamêlan ingkang dipun sênêngi, taun dhinêsipun kêdah dipun wêwahi, murih lêlajênganing pasinaonipun wau dados 6 taun. Mila dipun tata makatên, awit badhe tanpa damêl mulang dados ondêr upsir, bilih sasampunipun sataun lajêng kèndêl saking padamêlanipun.

[Grafik]

Para murid Kweekschool sawêg sinau.

Ing sabên taun tiyang dipun sukani wêwahan arta premi kathahipun f 27.50.

Ing bab matrus, ing ngriki kapratelakakên satunggal-satunggaling padamêlan ingkang prayogi, murih matrus wau sagêd minggah pangkat dados ondêr upsir.

I. Dekdienst (padamêlan ing êdhèg) punika wontên pangkat (kwartiermeester= kopral, bootsman= sêrsan, schipper= sêrsan mayor, opperschipper= ajidan).

Bilih tiyang badhe dipun wulang dados kwartiermeester, dipun prênahakên manggèn wontên ing pasinaon tumrap kwartiermeester. Apês-apêsipun kêdah sampun dados matrus kêlas satunggal 1½ taun. Danguning sinaunipun 1½ taun, inggih punika ½ taun wontên ing Kweekschool ing Makasar, ½ taun wontên ing kapal kangge mulang (H.Ms. De Zeven Provincien) tuwin ½ taun malih wontên ing tangsi marinê ujung ing Surabaya.

--- 923 ---

Salêbêtipun ½ taun wiwitan, dipun wulang basa Walandi tuwin pasinaon pamulangan sanès-sanèsipun, satunggal-satunggaling wajibipun ondêr upsir, pathokaning nyingkiri bêbaya baita tumbukan ing sagantên, suka tôndha-tôndha, ing bab pandoman, aba salêbêtipun wontên ing sêkoci, ing bab gambaraning sagantên, buku-buku bab lêlayaran, tuwin sanès-sanèsipun.

Salêbêtipun ½ taun ingkang kaping kalih, sinaunipun ngêcakakên padamêlan langkung kathah. Ingkang dipun wulangakên: nindakakên bab jangkar, sêkoci, tangsul-tangsul, nglampahakên sêkoci motor tuwin nindakakên padamêlaning ondêr upsir jagi. Dene ½ taun ingkang wêkasan, dipun wulang theorie lan malih ing bab kawontênaning mriyêm, torpedho tuwin pasangan dhinamit ing sagantên.

Ing sasagêd-sagêd kêdah tumut layaran ing baita ingkang wontên dêdamêlipun pêrang, supados sagêd prigêl nindakakên. Bilih sinaunipun wau sampun tamat, dipun angkat dados kwartiermeester.

II. Konstabelvak (padamêlan konstabel: kopral, sêrsan mayor tuwin opperkonstabel)

Padamêlanipun konstabel punika nyêpêng mriyêm tuwin nindakakên pigunaning mriyêm ing kapal. Bilih tiyang badhe dados kopral konstabel, kêdah dados juru mriyêm (kanonnier) rumiyin. Juru mriyêm punika satunggiling tiyang ingkang angsal wulangan anglêpasakên mriyêm warni-warni tuwin sagêd nindakakên.

Laminipun sinau 1 taun, matrus kêlas I utawi klas II kenging dados juru mriyêm wau. Matrus kêlas I ingkang anggèning dados juru mriyêm enggal-enggalipun sampun ½ taun, angsal wulangan tumrap kopral konstabel. Pasinaonipun dipun tindakakên wontên ing kapalakapal. artillerie-instructie laminipun 9 wulan, dipun wulang ing bab warni-warnining mriyêm, kadospundi mênggahing caranipun ngopèni, nindakakên, punapadene pirantos lan obat mimis ingkang dipun angge tumrap mriyêm wau.

Ugi dipun wulang sawatawis ing bab vuurleiding, inggih punika bab panataning batterij tumrap sawarnining mriyêm ing mangsanipun wontên pêpêrangan.

III. Seinersvak (padamêlan suka tôndha, wiwit kopral dumugi ajidan).

Bokmanawi sabên tiyang sampun sumêrêp, sanadyan antawising tiyang sami tiyang têbih sangêt, nanging sagêd kintun pawartos. Satunggiling kapal pêrang ingkang nuju lêlayaran ing sagantên, kêrêp sangêt ugi kêdah suka pawartos dhatêng kapal sanèsipun, sarana ngangge pirantos (upaminipun: radhio, bandera, dilah tuwin sanès-sanèsipun). Pirantos-pirantos kangge suka tôndha wau dipun angge dening juru suka tôndha (seiner) ingkang sampun sagêd.

Ingkang makatên punika, mila pasinaonipun dipun wontênakên piyambak. Bilih tiyang badhe dados seiner kêdah suka sumêrêp rumiyin ing sadèrèngipun tamat saking pasinaonipun matrus kêlas III ing Kweekschool. (Badhe kasambêtan)

--- 924 ---

Jagading Wanita

Wara Susila

Kasusilaning èstri punika, kados sampun botên kêkirangan têtuladan, kados ta: ing Sêrat Partakrama, karanganipun suwargi Radèn Ngabèi Yasadipura, pujôngga ing karaton dalêm Surakarta.

Mênggah alusing bêbudènipun Dèwi Wara Sumbadra, lan antêping tekat, kados para maos sampun sami anguningani piyambak, namung kasusilan lan alusing budi, kajawi sampun dhasar, dadosipun sae punika sarana ajar, kathah têtuladanipun, kados ta: ing sêrat wau wontên ungêl-ungêlan:

malah kongsi gêdhe durung mari / dènnya pêpanas dolanan têgal / palayon lan bocah akèh / nanging pawakanipun / cilik mula gone aramping / bawane anèng desa / mung solahe kidhung / saking durung tau mulat / pasamuwan nagara solahing putri / dadi wagu tênaga //

Ingkang makatên punika, sampun têtela sangêt, dadosipun sarwa luwês alusing budi (kasusilan) saking kathah têtuladanipun. Sanadyan sampun dhasar, nanging sakêdhik tamtu sagêd ewah, ingkang andadosakên lan saenipun.

Namung emanipun dene botên kenging kaêrèh ing tiyang sêpuh, ingkang makatên punika punapa pangadi-adi, punapa angêndêl-êndêlakên, dumèh kinasih ing dewa. Kados ta ingkang mungêl:

nanging akèh pakewuh ngalangi / pan kabubuh eyangira seda / kalantur kongsi saprene / dhasare bibèkamu / cilik mula gone tan kêni / rinèhkên ing wong tuwa / yèn dudu tyasipun / sok nuli angèsthi pêjah / cilik mula winongwong ing jawata di / nora kêna sungkawa //

Punapa dados pasêmoning jaman kamajuan samangke. Ingkang kathah (botên sadaya) lajêng botên purun anggatosakên pituturing tiyang sêpuhipun, utawi kaêrèh, dupèh piyambakipun sampun pintêr, wêdalan saking pamulangan, lajêng anggêga kajêngipun piyambak, ngandêlakên kasagêdanipun. Ingkang kathah kawêdal wicantênipun: aku wis bisa golèk pangan dhewe, ora dadi ingoning wong tuwa, wong tuwa kuwi rak mung kanggo lantaran bae.

Ingkang makatên punika, kados sampun nate mirêng rêrêmbaganing para sêpuh, (bab kabatosan) utawi sampun nate maos Sêrat Rangsang Tuban, karanganipun suwarga, Mas Ngabèi Wirapustaka (Prajapustaka) èngêt-èngêtan sêkar Pangkur sapada. Kados ta:

Pangkur wuryaning gitaya / sadurunge kaki sira dumadi / wontên pundi dunungipun / sayêkti saking ora / bapa biyung amung lantaran tumuwuh / tan pisan yoga mring sira / mung muwuhi ardèng budi //

(Badhe kasambêt)

Pak Jaya.

--- 925 ---

Waosan Lare

Nagara Mirasa

VI. Kêsèd milu Panjak

[Mijil]

nuju wayah srêngenge wis mahrib / langit sisih kulon / ketok abang plêncatan ênggone / manuk-manuk wis byuk-byukan mulih / pating cruwèt muni / wiwit arêp turu //

saangsluping srêngenge tumuli / rêmbulane ketok / anèng wetan mancorong cahyane / ketok kaya ratune ing bêngi / gumrudug diiring / bala lintang ambyuk //

dhèk samana nuju ambênêri / patbêlas pancorong / mula ketok bangêt ing padhange / nganti kaya rina diarani / bocah pating jlêrit / Kêsèd iya krungu //

ing batine wis ayêm sathithik / dene ora adoh / ana desa sing wangune rame / nuli krungu swara cah anjêrit / ngetan-ngetan kuwi / ana muni jelung //

sasirêping swara bocah cilik / bocah-bocah wedok / nanging iya sing wis rada gêdhe / rame rampak padha gulanthi /Kurang satu suku kata: rame rampak padha gulaganthi. nuli dikon muni / sing katiban dhênggung //

bocah desa sing diêkon muni / êmung mengkat-mengkot / ing sarèhne mung dipêksa bae / sabisane iya banjur muni / andharêdhêg lirih / karo blêkak-blêkuk //

mau awan aku disrêngêni / nganti dhêlog-dhêlog / nanging saka ing luputku dhewe / awit ngliwêt nganti dadi sangit / biyung muring-muring / bathukku dithuthuk //

mak gêr kabèh padha barêng muni / ana siji mlerok / karo muni sajak anyêl ya bèn / saya mak gêr kabèh padha ngrêti / yèn unine kuwi / anggêgarap alus //

barêng uwis wayah têngah wêngi / Kêsèd dhêlog-dhêlog / uwis nyênyêt bangêt kana kene / mung kêrungu karêsêking angin / karo manuk muni / sing padha ngêlindur //

awit bangêt padhange ing bêngi / rêmbulan mancorong / manuk nganti kliru pangrasane / dikira yèn padhang bêngi kuwi / wayah esuk mêsthi / dadine kêliru //

saya ngênês Kêsèd plilat-plilit / wêtêng bangêt kothong / amêmikir karo lèyèh-lèyèh / banjur gregah alon-alon tangi / lan nilingke nuli / kêrungu gong: jênggur //

wise cêtha krengkang-krengkang tangi / nêdya arêp nonton / malah ora adoh sajakane / barêng têkan dhadhah desa nuli / Kêsèd alon muni / jêbul wong anjanggrung //

Kêsèd pancèn rada ngrêti gêndhing / dhèk têkan ing kono / ana uwong anjogèd ngêlètèr / ketok laras nadyan wagu brai / rame sing nyênggaki / gêndhingane pangkur //

Kêsèd nadyan wêtênge ngalikik / banjur berag ketok / rêngêng-rêngêng lan nalêsêp bae / amor Panjak karo alon muni / kang kula tumut gih / ngêgong kula purun //

kônca Panjak bungah anganthuki / awit kurang uwong / Kêsèd banjur ngêgong tansah dhèhèm / ngiras kanggo sêlan anyênggaki / wong sing wêruh nuli / gêr padha angguyu //

awit Kêsèd cucut wiwit cilik / lan awake ketok / angandhêrêg wis angguyokake [anggu...]

--- 926 ---

[...yokake] '/ barêng suwuk sing ngêndhang nakoni / manglung bisik-bisik / kowe sapa ta gus //

Kêsèd alon anggone mangsuli / diwèhi lêlagon / wêwangsalan mung sakapenake / bisa gawe guyu anyêkikik / ngene gone muni / karo amêcucu //

kêrên agêng isinipun gêni / nama Kêsèd mawon / klawèr-klawèr nanging wêlut dede / anggèn kula dumugi ing ngriki / tangan ngathung kyai / prêlu pados puluk //

gêr barêngan guyune kalair / lan barêngan alok / nah saiki mêsthi saya rame / dene ana badhud ambanyoli / Kêsèd kêthip-kêthip / wêtênge kumlukuk //

pangarêping panjak anguncali / dhuwit patang bolong / karo muni jajana dhisik le / enggal-enggal Kêsèd anampani / clês sasat dicuri / banyu pitung windu //

nuli glèlèng-glèlèng akêliling / gela-gelo nglongok / ilêre lur barêng wêruh gule / nanging eling le mung patang kêlip / liwat nuli bali / golèk gon sing lindhuk //

nuli olèh panggonan andhêlik / kupat gudhêg bonggol / mêsthi miring kêna ditindakke / barêng Kêsèd akon angêdoli / sabenggol sapiring / gus Kêsèd anjumbul //

anampani Kêsèd karo muni / napa gih sabenggol / wong sing dodol iya sajak kagèt / karo muni napa awis niki / ga kula wuwuhi / Kêsèd manthuk-manthuk //

môngka gone muni ngono kuwi / saka gumun elok / athik ana samono murahe / yèn wong drêmba wis warêg sapiring / nanging Kêsèd nganti: wolung piring rampung //

wong sing dodol nganti ngrasa watir / wêtênge yèn jêbol / nanging Kêsèd mung kapenak bae / wise rampung bayar nuli bali / karo sêru muni / êngga lajêng êmpun //

janggrungane wiwit manèh nuli / gus Kêsèd sing ngêgong / kêpenakên gone ngrungokake / mripat lar-lêr saka wêtêng mlênthi / durung patang mênit / uwis ngorok turu //

barêng tiba êgong nyulayani / ora muni êgo /êgong. môngka wong sing anjogèd sajake / mêmpêng bangêt ngêmatake gêndhing / banjur prêmpêng muring / mara nabok kêplug //

karo muni kowe apa kirik / ora bisa ngêgong / ana kene êmung turu bae / lah mêlèka iki mas patinggi / Kêsèd mak byar tangi / banjur nabuh gong gur //

uwong mau saya muring-muring / mara manèh nabok / lan ngunèni apa anggêpmu he / aku muni athik koêgongi / apa kowe wani / o rupamu patut //

nuli suwuk uwong pating jlêrit / dikira ing kono / ana uwong garêjêgan rame / lurah panjak banjur anêngahi / sampun rah patinggi / kula nyuwun maklum //

isih bae gone muring-muring: / uwis aku êmoh / janggrungane arêp tak bubarke / talèdhèke nuli anyêdhaki / karo ringik-ringik / anjalukke maklum //

sabanjure tlèdhèk angrampungi / wis ta aku êmoh / yèn digongi wong mangkono kuwe / uwis ta kang konên lunga gêlis / tlèdhèk wise muni / karo ngidoni cuh //

Kêsèd ngadêg angusapi rai / lan muni dudu wong / luwak mangan lampês bêbasane / jênêng awak lagi apês mêsthi / satibane unyik / rana-rene

--- 927 ---

nimbrung //

abot têmên uwong arêp mukti / ya muga kêlakon / awakku tak pujèkake dhewe / kêlakone dadi ratu mukti / narima saiki / mupung nôm awakku //

Panglipur Manah

Sing Sapa Ngina Marang Sapêpadhaning Urip, Prasasat Ngina Marang Pangeran.

Kacariyos, ing jaman rumiyin wontên tiyang gadhah anak èstri kalih, ingkang sêpuh nama Marliyah, ingkang anèm nama Marliyêm. Mênggah ingkang dados gêgadhanganipun tiyang sêpuhing lare kalih wau beda-beda, bapakipun anggadhang-gadhang murih ing têmbe sagêda anggadhahi mantu priyantun, awit pamanggihipun: priyantun punika katingalipun: brêgas, andhèthèng tur sugih kawruh, têgêsipun: dhatêng basa Jawi alus kathik luwês, basanipun Malayu ambandhang kemawon, basanipun Walandi inggih pêng-pêngan sayêktos, punapa malih manawi dipun ajak rêrêmbagan, priyantun punika rêmbagipun têmtu maton. Dene biyungipun lare èstri kêkalih wau, ingkang dipun kêpingini sagêda ing têmbe gadhah mantu: santri, awit limrahipun santri punika nrimahan, sanadyan dipun sukanana sêkul, lawuhipun namung tempe kemawon, inggih botên gêdumêlan, ngêmungakên wicantên: alkamdulillah, dipun sukanana wedang tèh jog-jogan kaping sanga likur, inggih: alkamdulillah, malah sanadyan awak sakujur dipun grumut gudhig, wicantênipun inggih namung: alkamdulillah.

Ing wusana sarêng lare èstri kêkalih wau sampun sami diwasa, idham-idhamaning tiyang sêpuhipun sagêd kalêksanan sadaya, inggih punika pun Marliyah sagêd kadhaupakên kalihan priyantun nama Radèn Jayusman, komis kantor pos, dene pun Marliyêm saèstu kaangsalakên santri, nama Abdul Japar.

Nuju satunggiling dintên tiyang sêpuh kêkalih sami lêlinggihan angrêmbag mantunipun, wicantênipun ingkang jalêr: Bokne, mara ta sawangên, anakmu Dèn Jayusman kae, nèk wis dandan anggone mêntèrèng, wirone le gêmpi, dhêstharane mlithit, agême jas potongan langênarjan, kathik didhasèni dhasi templok, nèk wis tindak: sèbêt, sèbêt, wadhuh, yayane, upamane aku dadi wong wadon mono, sida... mati aku.

Ingkang èstri amangsuli kanthi sêngol: Wiyah, kowe mono, pakne, nèk wis ngalêm Jayusman, le ora ana lèrèn-lèrène, nèk aku wis ora mathuk babarpisan, wong kabèh-kabèh karêpe kok nganggo pranatan, kaya ngono kuwi rak mung ambuwang wêktu bae, kaya ta: nèk dandan jam-jaman, nèk kabênêr mangan, piringe rêgêd sathithik bae, êmoh, nèk ngênyam, cangkême klomad-klamêd ora muni, diolahake [diolaha...]

--- 928 ---

[...ke] apa-apa, mangane iya ora andêmênakake, cimak-cimik kaya kucing, apamanèh nèk tak kon ngrewangi sapu-sapu utawa macul, tangane le cithang-cithing ora luwês babarpisan, malah kadhangkala sok lungguh jam-jaman nyêkêli kitab ki banjur mèsêm kaya wong sing lagi dhêglêng kae, mara, apa kuwi ora mêdèni. Seje karo anakmu Si Abdul Japar, nèk dandan sadhela bae rampung, mangan nganggo godhong, sajake iya wis krasa nikmat, pangênyame iya andêmênakake, cêplak-cêplak, tur diwènèhi lawuh apa bae, mangane iya dhokoh. Nèk dipasrahi pagawean, iya sapagawean-sapagaweane, ora ana wêgahe, iya tumuli ditandangi bae, cak-cêk, trampil bangêt, apamanèh nèk wis maca Kuran, kathik dilagokake cara Mêsir, wah, nang ati anglês bangêt.

Mirêng wicantênipun ingkang èstri makatên wau, ingkang jalêr rumaos èwêt anggènipun badhe mangsuli, kajawi namung gèdhèg-gèdhèg kemawon, ing batos wicantên makatên: hêm, wis mêngkono nèk wong wadon kuwi, pikirane le cupêt, upama tak padonana, nèk Abdul Japar kuwi nyara bèbèk upamane, awit esuk sore kêcipak-kêcipik tungkul saba blumbang, têmtune sida kalakon aku ora disambêlake têmênan, mulane luwih bêcik tak nêngne bae, mung arêp tak kandhani mungguhing kalirune awake. Sasampunipun lajêng ngomong sora dhatêng bojonipun makatên: Bokne, kowe aja kaliru tômpa. Anggone anakmu Dèn Jayusman, nindakake samubarang nganggo pranatan, kuwi pancèn iya wis mangkono caraning priyayi, dandana iya kudu suwe, amrih katon bêcike, awit nèk priyayi nyandhang nganti katon kalêmprat-kalêmprot, kuwi rak sida kalakon diarani priyayi amêkokrok, nèk dhahar pangênyame mêsthi ora muni, awit yèn nganti muni cêplak-cêpluk, sajake rak banjur nyara barongan. Dhahara iya kudu sing sarwa pantês, sarta enak, ora kêna kèri mêrtegane, hla, iya kêpriye manèh wong kadare priyayi, apa-apa iya kudu enak, kudu...

Ingkang èstri anyêlani sajak wêngis: Kaya ngono kuwi aku sing ora mathuk bangêt, ana wong urip karêpe kok mung arêp sênêng-sênêng sarta arêp mrada...

Wis, wis, bokne, aja dibanjur-banjurake, mung prakara sapele, ora wurung mêngko bisa dadi padu têmênan, luwih bêcik anakmu mantu loro pisan padha diundang mrene, padha diajak omong-omongan, saka wangsulane siji lan sijine, mêngko kowe rak bakal sumurup, êndi sing pêng-pêngan, êndi sing ora. (Badhe kasambêtan)

Ing Kajawèn nomêr 57 kaca 888, ing ungêl-ungêlan, ing kontholipun tiyang... lêpat, lêrêsipun ing kentolipun tiyang...

Red.

--- 929 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Èwêd Pakèwêding Pangkat Pangrèh Praja

XII.

Garèng : Lagi anu kowe ngandhakake, yèn pranataning pilihan lurah wis diowahi, kuwi bakal ilang salah siji kliliping priyayi pangrèh praja. Lho, kowe kok anglairake têtêmbungan salah sijining klilip, dadi nèk mêngkono isih ana èmbèl-èmbèlane liyane.

Petruk : We, hla, dhinês, ora mung siji loro bae, nanging upama wong utanga mono, saking akèhe, nganti bingung ngêndi sing arêp disauri dhisik, ewadene kowe mung arêp dak caritani sing prêlu bae, kaya ta: ing bab pangupakaraning rajakaya. Sing tak karêpake ing kene, yaiku pranatan anggone arêp ambêcikake anane sapi, kuwi tumraping priyayi pangrèh praja kayadene wong sing bèlèkên limang taun, angganjêle ana ing mripat ya sasayahe têmênan.

[Grafik]

Garèng : Kowe aja kaliru tômpa, Truk, karsaning pandhuwur sajatine rak apik bangêt, yaiku arêp ngilangi unèn-unèn sing dening sawênèhing wong dianggêp ala, ya kuwi: cap Jawa. Mara ta, apa-apa sing ala lan sing ora bêcik, kuwi saradane kok ditibakake nyang Jawa, kaya ta omah katon rêgêd, iya banjur bae diunèkake: nyara Jawa. Nèk ana koran mung urip sadhela, banjur dibubarake, iya banjur: hla, ya kuwi nèk wong Jawa. Ana wong nganggo dhasi mèncèng, diunèni hla wong Jawa bae kathik nganggo dhasi barang. Mêngkono uga mungguhing sapi. Sapi kuwi nèk sapi Jawa rêgane iya mung saupit, mung f 40 tumêkan f 50, nanging iya wis mêsthine, awit gêdhening sapi Jawa kuwi prasasat ora beda karo wêdhus. Seje karo sapi Ostrali, Onggale lan sapadhane, kuwi rêgane iya f 150, f 200 utawi luwih. Saikine nèk mangkono kuwi pandhuwur ngèndêlake bae, rêganing sapi Jawa bokmanawa bêgja-bêgjane mung ajêg bae, malah nèk ora kabênêran rêgane bokmanawa saya ngaprêt, mulane banjur rekadaya sumêdya ambêcikake ananing sapi-sapi mau.

Petruk : Aku ora maido anggone [anggo...]

--- 930 ---

[...ne] arêp ambêcikake, nèk wong-wonge pancèn ngrêti utawa gêlêm nindakake, nanging padhane wong kang ora doyan mêrtega, kuwi nèk dipêksa-pêksa dikon mangan mêrtega, sida kalakon mutah têmênan. Samono uga wong desa, sanyatane sing akèh ora doyan karo pranatan carane ambêcikake sapi kuwi, êmbuh jalaran saka ora ngrêtine, êmbuh saka sungkane kangelan. Kaya ta kowe rak wêruh dhewe, yèn rekadayane nagara arêp ambêcikake anane sapi kuwi sarana dianani pamacêk. Pamacêk mau têmtune iya milih sapi lanang sing bagus, kaya ta sapi Onggale, wong-wong desa sing padha duwe sapi banjur diprentahi macêkake sapine nang panggonan sing ana pamacêke mau, kang mangkono mau yèn bisa tumindak, wis têmtu turunane bakal luwih gêdhe lan luwih bêcik, nanging uga bisa anjalari sudaning cacahe kewan.

Garèng : Wah, hla kiyi pikiranaku rada kaya orong-orong kêpidak, mak pêt. Yèn bisa tumindak, kok malah nyuda cacahing kewan, kuwi kêpriye.

Petruk : Lho kuwi mangkene, murih turunane sapi bisa bêcik, sapi wadon ing kono kudu dipacêkake nyang pamacêk sing disadhiyakake mau, jalaran saka iku, nuwuhake pirang-pirang prakara, 1e. tuwuhing prentah anglarangi wong desa ngingu sapi lanang, awit dikuwatirake nuwuhake wiji sing bakal ora ambêcikake kewan, kang mangkono mau anjalari wong-wong desa padha ngêdoli sapine lanang, 2e. Tuwuhing prentah supaya wong desa sing duwe sapi wadon padha macêkake nyang panggonan sing ana pamacêke mau. Ing sarèhning wong desa kuwi lumrahe sungkan kangelan, sabab sabên-sabên tansah dioyak-oyak supaya macêkake kewane, kuwi sok anjalari jèngkèle atine, ing wusana sok banjur ngêdoli sapine. 3e. Lakining sapi kuwi mangsan, dadi nèk nganti kasèp anggone macêkake, iya kalakon ora bisa manak têmênan, ing môngka cacahe pamacêke kuwi lumrahe mung siji loro bae, kang mangkono mau anjalari pirang-pirang sapi wadon kang sajêroning rong taun utawa luwih ora bisa manak, kang andadèkake karugiane wong desa. Mara, saka jalaran têlung prakara sing wis dak caritakake mau, apa ora anjalari cacahing sapi dadi suda.

Garèng : Wah, Truk, ing môngka nèk ananing kewan mundur, kuwi pawêtuning lêmah iya dadi mundur, jalaran saka kurange kewan mau, rabuk kang kanggo nglêmèni sawah iya mêsthi dadi kurang. Wusanane nèk pamêtuning lêmah kurang, sapa sing disalahake: iya priyayi pangrèh praja. Wah, bênêr dhing, omongmu, nèk pangupakaraning rajakaya kuwi iya dadi kliliping priyayi pangrèh praja.

Petruk : Mêngkono uga yèn kewane ora maju, kuwi sing olèh hidhung panjang, iya priyayi pangrèh praja. Wis, wis, ing bab rêrêmbugane ewuh pakewuhing pakaryan pangrèh praja padha dilèrèni samene bae, awit aku rumasa, yèn akèh priyayi êmbah-êmbah padha ngèsêmi, ingatase mung cobolo [cobo...]

--- 931 ---

[...lo] makan têki bae kathik ngrêmbug bab kuwi, wêruh apa, sèh, dhèwèke, ambêke kathik kaya wis tau dadi mandhor bupati.

Garèng : Iya bênêr, Truk, padha dilèrèni bae, aku kok iya wis rumasa isin. Liya dina padha ngrêmbug bab liya bae.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Wontên lare nama Tasman, umur 10 taun, ing dhusun Arjasari, Têgal, nuju angèn menda dumadakan dipun sronggot ing andhapan, wêtêngipun nandhang tatu lêbêt. Lare lajêng kabêkta dhatêng griya sakit Kardinah, nanging sarèhning prêlu kêdah dipun potong, lajêng kabêkta dhatêng klinik dhukuh Wringin. Nanging wusananipun lare dumugi ing tiwas.

[Grafik]

Ing sisih punika gambaripun para priyantun Sundha ing Batawi ingkang sami ngawontênakên têtandhingan bêksa wontên ing gambir parêk. Têtandhingan wau dipun wontênakên tigang golongan A golongan guru, B murid, tuwin C badhud, ingkang angsal pamênang nomêr 1 golongan A Tuwan Sukartadipura, gambar nomêr 18 saking kiwa. Golongan B Tuwan Emod, gambar nomêr 10 saking kiwa. Golongan C Tuwan Jambrut, gambar nomêr 15 saking kiwa. Sami angsal mêndhali êmas.

Ing salêbêting kadhaton Ngayogyakarta mêntas wontên pasamuwan mahargya kawan dasa dintêning pangantèn. Ingkang Sinuhun ing Surakarta inggih rawuh, lênggah wontên ing bangsal kancana. Pasamuwanipun ringgitan tiyang lampahan Parta Krama. Para punggawa gupêrmenan ugi kaparêngakên malêbêt.

Wontên pawartos saking nagari Walandi, Radèn Adipati Arya Ahmad Jayadiningrat, katampèn sowan odhènsi ing ngarsa dalêm Sri Bagendha Kangjêng Raja Putri.

Bab tumindaking cacaran ing Batawi kêtingal majêng, têtiyang ingkang sampun dipun cariyosi mênggahing pigunanipun cacaran, lajêng nyuwun dipun cacar, tiyang ingkang dhatêng ing panggenan panacaran ngantos ewon.

Kawartosakên, Paduka Tuwan Gupêrnur Jasper ing Ngayogya ingkang badhe lèrèh benjing tanggal 1 Sèptèmbêr ngajêng punika, dipun pisungsung albim isi tôndhatanganipun têtiyang ing Ngayogya ingkang sami ngaosi dhatêng lêlabêtanipun tuwan gupêrnur.

Miturut karampunganing parêpatan sinoman rad ing Surabaya, namaning rad wau dipun santuni nama Gemeenteraad bangsa Indonesia kota Soerabaja. Ancasing rad wau badhe niti dhatêng kawigatosaning têtiyang pakampungan ing Surabaya, tuwin badhe nyambut damêl sêsarêngan kalihan gêmintê rad utawi nyambut damêl piyambak.

Wangsulan saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 2524 ing Ngayogya. Bab pamundhut panjênêngan fotocorrrespondentkaart, prayogi kasarantosakên rumiyin.

Lêngganan nomêr 2855 ing Purbalingga. Ingkang sade B.O. pang Ngayogya, nanging sapunika sampun têlas.

Tuwan S. ing Kadhiri. Pandangu panjênêngan punika manawi dipun wangsuli, angêbak-êbaki papan, saha badhe damêl bosênipun ingkang maos, awit nama sampun kasèp, lan nama pitakenan botên angèl.

Lêngganan nomêr 1203 ing Surabaya. Prayogi nyuwuna katrangan dhatêng Hoofdafdeeling Nijverheid ing Bogor.

Lêngganan nomêr 3825 ing Patarukan. I. Buku Bausastra Jawi ingkang mawi katrangan têmbung Jawi dèrèng wontên. II. Panyêratipun cêkakaning ukuran lan timbangan: kagandhèng.

--- 932 ---

Wêwaosan

Sêrat Bayan Budiman

Karanganipun Mas Arjawiraga.

13

[Asmaradana]

ngulama nulya mêmuji / amêminta ing Hyang Suksma / ingkang agung wilasane / punang golèk sambadaa / agêsang kadi janma / ki ngulama nulya nêru / dahat ing panêdhanira //

saking parmanirèng Widhi / tinrima panêdhanira / punang golèk gêsang mangke / sasolah kaduk lêlewa / lan gapyak ing wicara / ing sasolah mung mawèh kung / maring kang samya umulat //

ngulama têrus nênggani / lan tansah dènnya pocapan / praptanirèng enjang mangke / kêsundhul janma têtiga / dènnya tangi sarêngan / lan samya tunggal ing tuju / amurugi golèkira //

samya kagyat duk udani / ngulama nuju lênggahan / lan wanodyayu warnane / ananging janma têtiga / samya tan kêkilapan / yèn janma kadadyanipun / saking ingkang golèk wrêksa //

nulya ya-diniya sami / samya angakêni gadhah / janma catur kongsi rame / tan wontên purun ngawona / ing wusana ngulama / kang nyêpuhi munggêl wuwus / pan mangkana ucapira //

kajaba mangkene uwis / mrih aywa kadawa-dawa / bêcik amilênggahake / maring ngarsaning pradata / mrih bangkit pinariksa / aywa mung rame kumrumpyung / kang bakal tanpa wêkasan //

toging rêmbag dèn lampahi / lumaku janma sakawan / ngiring wong ayu warnane / dadya ojat turut marga / singa kêpapag mulat / kongsi nolih tanpa sêgu / linut ing gèdhèg ambalan //

sanadyan ta para èstri / singa mulat kagawokan / kongsi kêwêtu unine / tobat janma kang mangkana / ayune datan lumrah / iba bêgjane sing mêngku / yêkti mung dèn eman-eman //

lakune le sripit-sripit / tur sajak ora kagetan / nyang wong kaya ngasokake / parandene mawèh rêna / dadi kapara nyata / kalamun wong ayu iku / dadya pasihan pangeran //

mangkana dènnya lumaris / dupi wus prapta ing kitha / kêpapag wong bagus anèm / janma catur nulya ngucap / minta timbanganira / kadya gatinirèng catur / paran karampunganira //

janma anèm amangsuli / kanthi angucap kêsêsa / sabar rumiyin ta mangke / dene têka kalêrêsan / punika rayat kula / ingkang sampun kesah dangu / dene ujug-ujug prapta //

sakala dadya pradondi / wong anom malah andakwa / lamun janma sadayane / têtêp janma kang angiwat / tan pisan sagêd selak / sanadyan ta dipun ulur / yêkti mimpang ing prakara //

duk samya nêngah-nêngahi / wawan ginêm pan kêtungka / janma prapta age-age / iyèku prajurit jaga / nulya nyaru anabda / kabèh iku janma gêmblung / tan pisan wrin maring tata //

ingsun datan pisan pangling / pawèstri iku sanyata / lawan ingsun maksih ipe / iyèku warandhanira / kadang ingsun sudagar / kang tiwas cinidra ing dur / kang wus sawatara dina //

lan sun têtêpake wani / sira wong kalima pisan / iya padha durjanane / danguning diya-diniya / dyan samya lumaksana / nêdya mèt ngadiling kukum / maring ngarsaning pradata //

janma nêm èstri sawiji / sapraptaning ngarsèng jaksa / milênggahkên prakarane / jaksa nulya alon ngucap / iku dudu prakara / awit janma wadon iku / jatine pan garwaningwang //

sira kabèh ing saiki / arsa sun sêrêg prakara / coba rasakêna bae / sidhêm ing ngriku sakala / nyênyêt tan wontên ucap / nuli katon wong jumêdhul / abagus maksih neneman //

ing pasêmon tatag wani / lan sadaya dèrèng wikan / nulya angucap mangkene / wis ta padha sarèhêna / ingsun kang wajib misah / tampanên karampunganku / lah sira padha wêruha //

janma nulya angabani / hèh uwit waringin sira / wêngakna uwitmu age / wusing mênga nulya ngatag / lah sirèku wanudya / mara tumulia mlêbu / kabèhe dimèn uninga //

janma èstri nulya manjing / wit wringin mingkêm sakala / nulya wontên sabda alon / hèh janma sadayanira / ingsun wus paripurna / bali marang asal ingsun / sira padha narimaa //

icaling swara nyarêngi / janma mudha pan wus sirna / nulya anjêtung kabèhe / datan pisan darbe kira / amanggih kaelokan / wusana bibaran sampun / tan wontên sakara-kara //

bayan nulya ngucap ririh / ngatên nyai uningaa / yèn lampahan sadayane / lamun linut ing kamurkan / adhakan datan lana / sanadyan bôndha sagunung / gampil kêpêngkêr kewala //

7. Tiyang mangrêtos dhatêng basaning sato kewan

[Pangkur]

dahat rêna Nyai Jenab / duk miyarsa dongèng kadi kang uwis / lan tansah anggung angguyu / satêmah rasaning tyas / pan kasilêp mung sarana ulah rêmbug / datan pae sang pangeran / ing galih tan èngêt malih //

ananging pun pêksi bayan / mêksa maksih darbe samar ing ati / awit pindhanirèng latu / kang wujudira sirna / sirêpira amung tan katingal murub / ing lêbêt tan kawistara / angurêng panase maksih //

marma anggung ngrekadaya / nyi sudagar mrih katitih ing uni / pan mangkana ucapipun / kula kalangkung bingah / yèn andika ing panggalih tansah sarju / mila mangke kamirêngna / kula badhe criyos malih //

nguni nênggih wontên nata / kang jumênêng wontên nagari Ngindhi / darbe garwa langkung ayu / sri nata dahat trêsna / paribasan salami mung runtung-runtung / sanadyan wus lami krama / lir pangantèn mêntas panggih // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 60, 19 Sapar Taun Ehe 1860, 27 Juli 1929, Taun IV

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [933] ---

Ôngka 60, 19 Sapar Taun Ehe 1860, 27 Juli 1929, Taun IV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Surabaya

[Grafik]

Ing nginggil punika kawontênan ing Pasar Bêsar.

--- 934 ---

Pawartos Wigatos

Matrus lan Lêlajênganing Pangajaranipun

Sambêtipun Kajawèn nomêr 59

Tuwan komandhan Kweekschool ingkang badhe nêtêpakên kenging lan botênipun tiyang wau sinau wulangan seiner. Sakawit tiyang dados matrus kêlas tiga wontên ing kapal pêrang kangge sianu ngêcakakên padamêlan, lan botên dangu dipun dèkèk ing pasinaon seiner ing Surabaya. Ing ngriku dipun wulang angangge sawarnining pirantos kangge suka tôndha (seinmiddelen), kajawi radhio. Sasampunipun tamat, angsal dhiploma seiner. Juru suka tôndha ingkang têtela langkung sagêd, kaparêngakên anglajêngakên sinau ing bab radiotelegrafie. Satamatipun pasinaon wau lajêng dados seinersmaat, saha lajêng dipun dèkèk ing kapal dados seiner-telegrafist. Bilih anggèning nyambut damêl sampun 2 taun kanthi sae, sagêd dipun inggahakên dados kopral seiner.

IV. Ngupakara tiyang sakit (ziekenverpleger wiwit kopral ngantos ajidan).

Juru ngupakara tiyang sakit punika pigunanipun ambiyantu dhoktêr wontên salêbêtipun kapal tuwin ing gêdhong marinê ing dharatan.

Ingkang kenging sinau wontên ing pasinaon calon kopral ziekenverpleger punika matrus kêlas I lan II. Lamining sinaunipun 3 taun. Ing taun wiwitatanwiwitan. manggèn ing Kweekschool ing Makasar, lan kalih taun malih manggèn ing C.B.Z. Surabaya. Sasampunipun taun ingkang wiwitan, dipun têtêpakên dados matrus ziekenverpleger lan satamatipun kursus wau (dados 3 taun) dipun têtêpakên dados kopral ziekenverpleger. Ingkang sinau wau angsal piwulang ngadoni jampi miturut rêsèp, mrêban, padamêlan ingkang gampil ing laboratorium, nyadhiyakakên pirantos kangge padamêlan ambêdhèl, tuwin têtulung sanès-sanèsipun, ingkang gampil tuwin ingkang angèl, lan sanès-sanèsipun malih. Cêkakipun botên prêlu kapratelakakên malih, kursus punika rêkaos.

V. Schrijver tuwin bottelier (wiwit kopral dumugi ajidan, tuwin sêrsan mayor).

Ing sarèhning wontên salêbêting kapal punika ugi prêlu nindakakên padamêlan administratie, nindakakên bab sêsêratan, blônja, ngawontênakên pangangge tuwin têdha, mila bab wau prêlu kawontênakên bêbaunipun.

Padamêlan administrasi punika dipun pangagêngi ing upsir administrasi, dipun biyantu ing juru sêrat (schrijver) tuwin bottelier. Juru sêrat punika dipun dèkèk ing kantoripun tuwan upsir administratie piyambak, utawi wontên ing kamaripun tuwan komandhan. Tumrap ing kantoranipun tuwan komandhan namung nindakakên bab sêrat-sêrat, dene ing kantor upsir administratie, ingkang prêlu piyambak nindakakên ing bab tumindaking arta kemawon. [kema...]

--- 935 ---

[...won.] Bottelier punika nindakakên ing bab kawontênaning gudhang têtêdhan tuwin panggenan ngrimat sandhang pangangge.

Salêbêtipun dados matrus kêlas II utawi klas I sampun dipun wulang ing bab padamêlan juru sêrat tuwin bottelier. Lamining sinau 6 wulan. Ingkang wigatos kawulangakên ing ngriku basa Walandi, dhêdhawuhan tuwin padamêlan wajib. Sasampunipun tamat kadadosakên matrus juru sêrat, lan sesampunipun tumindak 2 taun wontên ing kapal, sagêd kaangkat dados kopral juru sêrat (bottelier).

VI. Undhagi tuwin tukang damêl mêsin mabur (wiwit kopral dumugi sêrsan mayor tuwin ajidan) punggawa punika sanadyan militèr, nanging kados tukang lugu. Tukang damêl mêsin mabur punika sanès juru mabur, nanging tiyang ingkang sakalangkung sagêd nyambut damêl yêyasan tuwin andandosi perang-peranganing mêsin mabur. Para neneman ingkang kapengin dados tukang damêl mêsin mabur utawi undhagi, kêdah suka sumêrêp bab wau nalika taksih sinau badhe dados matrus kêlas II ing K.I.S. Sinaunipun undhagi wontên ing Marine Etablissement ing Surabaya lan tumrap padamêlan mêsin mabur wontên ing papan anggêgana ing Marakrêmbangan. Lamining sinau 3 taun.

Bilih para maos sampun maos karangan punika, tamtu mangrêtos, bilih matrus punika warni-warni sangêt marginipun sagêd angsal padamêlan ingkang sakalangkung prayogi. Bokmanawi salah satunggal wontên ingkang anocogi kalihan raosing panggalih.

[Grafik]

Kapal pêrang Walandi Hertog Hendrik, bidhal saking den Helder dhatêng Curacao.

--- 936 ---

Bab Rajakaya

Lêmbu-lêmbu Piaran Kangge Nyaèkakên Lêmbu Piaranipun Tiyang Siti, ingkang dipun Pinangkani dening Nagari ('s Lands fokkerij')

Yèn panjênêngan panuju tindak dhatêng dhusun-dhusun têmtu priksa lêmbu jalêran (pamacêk) utawi lêmbu bibitan (èstri) ingkang ulêsipun pêthak. Dhusun ingkang gadhah piyaran lêmbu makatên punika tôndha marsudi saening lêmbu-lêmbunipun. Lêmbu-lêmbu wau punika bangsaning lêmbu bênggala, ing suwau asli saking Madras, tanah Hindhustan, bôngsa Walandi amastani Ongole. Ananging bilih panjênêngan andhangu dhatêng ingkang ngingah utawi dhatêng kapala dhusun ngriku aturipun saking Pangarasan. Wangsulan wau lêrês, jêr lêmbu-lêmbu wau lakar nampi saking Pangarasan (Brêbês), pramila kêsuwuripun dhatêng sanès panggenan, Pangarasan punika fokkerij (panggenan nangkarakên lêmbu kangge bibit) namung sajatosipun dede. Ing ngriku pancên wontên lêmbu pintên-pintên atus, nanging sadaya wau kintunan saking Sumba lan Sumbawa, dipun kandhangakên wontên ngriku, dipun sukani panggenan wiyar sangêt, dipun lêlithing supados tutut. Manawi sampun wanuh hawa ing ngriku, dados cêkakipun sampun lantih hawa tanah Jawi, lajêng kakintunakên dhatêng sanès panggenan ingkang sami nyuwun, dene wragat katanggêl dening nagari. Dados yèn makatên Pangarasan wau sajatosipun namung kangge andhokan lan namung ambagi dhatêng pundi-pundi. Pramila ing cara Walandi kawastanan doorgangstation. Wontênipun katindakakên makatên wau pikajêngipun murih tumuntêna sagêd ngintuni panyuwunan saking sanès-sanès nagari. Yèn kajujugakên saking Sumba utawi Sumbawa kathah pakèwêdipun, jalaran lêmbu-lêmbu wau taksih kêsit-kêsit sangêt, dèrèng kawanuhakên hawa ing sanès panggenan lan sanès-sanèsipun, punika kirang prayogi kadadosanipun, gampil kacandhak ing sêsakit ingkang dados lan tiwasipun. Bab punika sampun asring kadadosan, kupiyanipun nalika nagari taksih minangkani saking Hindhustan, pintên ingkang sami pêjah, punika sadaya dados kapitunan, asring dados cuwaning manahing têtiyang ingkang sami ngajêng-ajêng, dèrèng ngundhuh wohipun sampun kapalang, jugag dening kapêjahan bibitan (pawitan). Bab ingkang makatên wau sampun têmtu dados panggalihaning nagari. Sapunika ngupados rekadaya supados dados pamarêm lan kaindhakan. Ewasamantên karsaning nagari inggih klêrêsan, inggih punika manggih papan ingkang sae kangge minangkani, wontên ing Sumba lan Sumbawa, punika talatahipun sami kalihan ing Madras, pramila lêmbu-lêmbu ingkang dipun tangkarakên môngka bibitan tuwuhipun botên beda ingkang asli, awit ingkang makatên lajêng karan lêmbu Onggolê Sumba, (Soemba-Ongole), dipun paringakên dhatêng dhusun-dhusun ingkang sami marsudi ajênging pamiyaran lêmbu klayan rêgi f 125.-, môngka ing suwau, nalika dipun pinangkani saking tanah Hindhustan rêginipun dumugi tanah Jawi kirang langkung f 600.-. ing sapunikanipun [sapu...]

--- 937 ---

[...nikanipun] panyuwunan botên rêndhêt kados ingkang sampun-sampun, jalaran anggènipun minangkani cêkap saking Pangarasan kemawon kados ingkang sampun kula pratelakakên ing nginggil.

Mênggah pranatanipun wontên ing Sumba lan Sumbawa kirang langkungipun makatên: nagari maringi lêmbu èstri 10 lan lêmbu jalêran ingkang asli 1, punika kawastanan sapôntha (koppel) kagadhuhakên dhatêng tiyang siti ing ngriku, ing sabên lêmbu satunggal kêdah pasok pêdhèt 6 dados ingkang nampi koppel kêdah pasok pêdhèt 60 samôngsa sampun kalampahan makatên, lêmbu 1 koppêl wau kaparingakên dhatêng ingkang anggadhuh kenging kadarbe. Yèn têksih manak, pêdhèt kenging katur dhatêng nagari, lajêng dipun paringi rêrêgènipun. Pranatan ingkang sampun kêlampah wau ngantos sapriki tumindak sae, katôndha sampun pintên èwu lêmbu-lêmbu ingkang kakintun dhatêng Pangarasan, prêlu kangge pamacêk lan bibitan ingkang kawradinakên dhatêng pundi-pundi.

[Grafik]

Lêmbu-lêmbu pranaan Ongole.

Lêmbu bênggala ingkang dipun dèkèk ing Indhia ngriki wontên kalih warni, inggih punika Ongole lan Hissar. Ulêsipun mèh sami, namung Hissar kupingipun wiyar lan panjang.

Dumugi samantên atur kula, pramila kula sagêd ngandharakên jalaran kula ingkang kapatah mangagêngi ing Pangarasan wau, wasana sampun kirang pangaksama.

Sumadi. Pangarasan (Brêbês)

--- 938 ---

Bab Têtanêman

Wijèn

Wijèn punika golong bangsaning palawija, panunggilipun: jagung, canthèl, juwawut, kacang, kadhêle tuwin sanèsipun. Sadaya tiyang tamtu ugi sampun sami uninga. Ananging tumrap ing padunungan kula, tanêman satunggal punika katawisipun ragi kêkiwa, tandhanipun kônca tani kapetang awis sangêt ingkang purun nanêm. Wontên ugi ingkang nanêm ing padhusunan, ing ngriku katingalipun namung kadamêl sambèn kemawon, ingkang makatên punika punapa sababipun, kula botên sagêd nyêthakakên, pramila sapunika mênggahing pandugi kados prêlu ugi bab punika karêmbag wontên ing udyana Kajawèn ngriki, pamrihipun sagêda manjing dados pêpèngêt sawatawis tumrap para mitra among tani. Awit sanadyan wijèn wau nama barang sapele, ananging manawi pananêmipun ragi dipun santosani, niyat kadamêl wiyar, tamtunipun inggih sagêd ngêdalakên asil kathah, botên beda kalihan nanêm sanèsipun bôngsa palawija.

Kados ingkang kula aturakên ing nginggil, wontên kônca tani sawatawis ingkang purun nanêm, nanging namung sambèn, punika katitik saking kawontênan ingkang kula sumêrêpi ing padhusunan, pananêmipun namung urut pinggir pagagèn utawi pinggir dhadhah, sampun tamtu kemawon angsal-angsalanipun botên sapintêna, botên cucuk kalihan ngrêkaosipun ngrimati. Kosok-wangsulipun: yèn pancèn dipun niyati saèstu, tamtunipun inggih sagêd lumayan, awit punika kenging katitik saking rêgi toko, tumrap ing padunungan kula wose wijèn sakatos rêgi f 0.12 dumugi f 0.20. cobi punapa botên kalêbêt awis. Môngka ing dalêm têgil sabau limrahipun cêkap namung ngangge wiji 3 katos. Mila yèn dipun manah makatên wragat panumbasing wiji botên kathah têlasipun.

Amargi saking punika mugi kauningana, yèn tiyang nanêm wijèn punika botên ngêmungakên kangge pasrèning patêgilan kemawon, prayoginipun mawi gadhaha pangangkah sagêda mikantuki. Mênggah caranipun nanêm wijèn makatên:

Pangolahing siti botên beda kalihan badhe nanêm gaga, pinuju ing wiwitaning môngsa rêndhêng, sampun tamtu kemawon siti wau nêdha ingkang mawug, tur waradin, lajêng dipun larik, panguluring wiji cêkap garingan kemawon, murih botên kêkathahên anggèning ngicir-icir, wiji wau kacaruba wêdhi, dados benjing tuwuhipun botên kêkombolên, awis kêrêping larikan kangge sakaki inggih sampun cêkap. Manawi sampun ngumur sawulan, prayogi dipun dhangir. Watawis umur 3 wulan katawis miwiti sêkar, kalih minggu êngkas nuntên dados pêntil. Wijèn umur samantên punika ngadat sok gawat amanipun, inggih punika ulêr, sami nêdhani godhong, sêkar, punapadene uwohipun, mila saangsal-angsal inggih kajagia sakacêpêngipun, [sakacêpêngi...]

--- 939 ---

[...pun,] dene sêpuhipun watawis umur 5½-6 wulan laminipun saking pananêm, punika sampun mangsanipun kaundhuh.

Mênggahing pangundhuh cêkap namung dipun êrit, lajêng dipun bêntèli, kausung dhatêng griya, kaêbyukakên ing latar, dipun lèmèki kepang tipis utawi lampit, yèn sampun garing dipun gêblogi (gêpuki) mawi papah kalapa utawi kajêng, wosenipun sami rêntah, wit saha kulitipun kadamêl kajêng. Ing ngriku rèhning wose wau dèrèng rêsik saèstu, mila kêdah dipun tapèni, supados pisah rêrêgêdipun tuwin godhongipun ingkang sami ajur katut kêgêbag.

Sapunika sampun dados wijèn wose, manawi sampun garing sayêktos, kenging kauncalakên dhatêng sintên ingkang bêtah, tamtu pêpajênganipun nyumbuti. Sukur manawi sagêd mipit piyambak, kadamêl lisah wijèn, ampasipun inggih taksih pajêng kasade, amargi kathah ingkang doyan, naminipun: cabuk.

Wontênipun ing padunungan kula, wijèn wau ingkang namung saking toko, wêdalan sanès nagari, kapigunakakên kangge momoraning têtêdhan ingkang nama ondhe-ondhe utawi kêciput, punapadene roti maha. Wondene wijèn punika wontên warni kalih, inggih punika wijèn kêbo lan wijèn sapi. Titikanipun: wijèn kêbo punika ingkang witipun pasagi saha kulitaning las-lasanipun cêmêng. Dene wijèn sapi: witipun ragi gilig, godhongipun ciyut, las-lasanipun awarni pêthak, sawênèh wontên ingkang jêne utawi abrit.

Wusana sanajana têtela ing padunungan kula wau botên majêng ingatasipun tiyang nanêm wijèn, ananging kula kapêksa sumagêd angandharakên bab punika, namung ngênggèni wêwaton saking sanès padunungan ingkang sampun kula sipati. Wusana nyumanggakakên.

Nirasa. Tumpang-Malang.

Jagading Wanita

Wara Susila

Sambêtipun Kajawèn nomêr 59.

Anggènipun sagêd mungêl, wong tuwa kuwi rak mung kanggo lantaran dumadi bae. O, tiyang maos punika botên gampil nun, lêbêting suraos botên kagalih.

Ingkang dipun takèkakên, punika sadèrèngipun kita dumadi, punika wontên pundi dunungipun.

Sagêdipun kita dumadi, punika sarana mawi lantaran, lantaraning dumadi, inggih bapa babu kita, amila kêdah èngêt dhatêng lantaranipun wau, lêpat sangêt manawi kita botên angèngêti lantaranipun.

Dene Wara Sumbadra anggèning kinasih ing dewa,

--- 940 ---

[Grafik]

Lampahan Srikandhi Maguru Manah.

--- 941 ---

jalaran sagêd anglampahi, kasêtyan kalêgawan, kategan, kapratelakakên makatên:

yèn kongsia luhe tibèng siti / pan sakala karya gara-gara / dewa ing Kaendran gègèr / hapsari kèh tumurun / mung emane mijil pawèstri / santosaning tyasira / luwih saking kakung / sêtya tuhu ing wacana / sinêmbadan lêgawa tega ing pati / tan kêna ginawe gampang //Lebih satu suku kata: tan kêna ginagampang.

Sapunika gêntos anyuraos bab Sêrat Srikanthi Maguru manah, bab pabênipun Wara Sumbadra lan Dananjaya. Sêkar Pangkur:

murup kadya binaranang / datan kêna ingampêt tyasirèki / miyarsa lingirèng kakung / dahat anglêsing driya / lir tinunjêl ing sela tinotog ngalu / pêdhês wêngis wuwusira / dhuh lae wong apa iki // ...

sumêngka angôngka-ôngka / nistha papa anyèthi mring wong sugih / nganiaya kakang prabu / têka sêsorah kadang / têmahane mung anganggêp raganingsun / bêbutuhan têtambêlan / aji wong narutus wêngi //:

Punika sampun ewah, èngêt kula ingkang baku, aji wong anyundêl anjing.

Ingkang kula raosakên bab muringipun Wara Sumbadra, punika punapa sampun mungguh sangêt, ingatasipun Wara Sumbadra punika satunggiling wanodyendah tur putraning nata (têrahing ngaluhur) dene anggadhahi pangandika ingkang botên pantês sangêt tumanduk ing kakung, kang môngka dipun cariyosakên kinasihing jawata, têka ngantos tilar kasusilaning èstri.§ Kajêngipun bokmanawi namung anggambarakên gêmpunging manahipun tiyang èstri. Lan malih ingkang dipun awon-awon rak badanipun piyambak. Red. Inggih lêrês mênggah alusing bêbudèn, saening kalakuan, punika botên manggèn wontên ing priyantun luhur, priyantun, tiyang pintêr kemawon, utawi kalakuan awon, punika botên manggèn ing tiyang bodho, alit, sudra papa kemawon, kabêkta saking ewah gingsiring lêlampahan.

Ananging manawi kula raosakên, rèhning sêrat kalih pisan punika, sampun sumêbar dados waosan umum, tumrapipun jaman samangke, kados sampun botên anjaman, pabênipun Wara Sumbadra lan Dananjaya. Punapa botên prayogi dipun ewahi pisan, amurih salaras kalihan jamanipun sapunika (kasusilaning èstri)§ Bab ngewahi sêrat karanganipun tiyang sanès, punapa malih punika karanganing pujôngga, punika botên prayogi. Saupami patrap makatên punika kaanggêp gampil, ajining sêrat kina badhe ical babar pisan. Tôndha saksinipun, wontên sêrat-sêrat ingkang tunggil babon, pinanggihing turunanipun beda-beda, wusana sarêng ngudi tulènipun, sami kawêkèn, botên sagêd mastani pundi ingkang lêrês. kajêngipun ingkang ngewahi pados sae, malah damêl kapitunan. Makatên mênggah caranipun ngajèni sêrat kina. Red. Awit manawi botên kaewahan, kalaras lan jamanipun sapunika, kados kirang prayogi, nama andhêdhêr wiji awon, ngrisak kasusilan. Tôndha yêktinipun botên usah kula aturakên, kados sampun sami anguningani piyambak. Sabên wontên pasulayaning tumindak, jalu wanita, lajêng nulad pabênipun Wara Sumbadra, kados ta: aja manèh aku, padu karo wong lanang ora anganggo têmbung kasar, lagi Dèwi Sumbadra [Sum...]

--- 942 ---

[...badra] bae, tur putraning ratu, ijih nganggo têmbung kasar.§ Manawi Dèwi Wara Sumbadra awon, saya malih tumrap ingkang nulad botêna saya awon, mila têtuladan punika kêdah pados ingkang sae. Red.

Ingkang makatên punika, manawi kalajêng-lajêng lajêng andadosakên kirang prayogi. Rèhning jaman sapunika sampun kathah para wanita ingkang pintêr maos. Dene anggènipun angewahi, kalaras kagathukakên kalihan jamanipun, punika kula sumanggakakên para sagêd.

Dene anggèn kula anggledhahi karanganing pujôngga, punika sampun kagalih nacad, punika babar pisan botên, èngêt manawi taksih mudha punggung. Amila manawi wontên lêpatipun kemawon kaparingana samodra pangaksama. Kagalih lan botênipun, kula sumôngga.

Pak Jaya.

Utusan Siyêm

[Grafik]

Para maos kados sampun kêrêp maos pakabaran ing Kajawèn ing bab badhe rawuhipun narendra ing Siyêm, awit pawartos wau sampun dangu. Ing sapunika sampun têtêp rawuhipun sang prabu wau wontên ing tanggal 5 Agustus, ngantos dumugi tanggal 3 Oktobêr ngajêng punika.

Sampun dados padatan, rawuhan nata agung punika ing sadèrèngipun tamtu sampun utusan rumiyin mranata ing bab panggenan-panggenan ingkang badhe dipun rawuhi.

Ing sisih punika gambaripun ingkang minulya Tuwan Phya Pradibaddha Bhubal utusan nata ing Siyêm, ingkang nata lampah-lampah badhe rawuhipun Sri Nata Siyêm. Utusan wau sampun nate dhatêng ing Indhia kaping kalih, ugi nindakakên padamêlan kados makatên.

--- 943 ---

Panglipur Manah

Sing Sapa Ngina Marang Sapêpadhaning Urip, Prasasat Ngina marang Pangeran

Sambêtipun Kajawèn nomêr 59.

Botên antawis dangu anakipun mantu kêkalih sami dhatêng saha sami lêlinggihan sarêng-sarêng kalihan marasêpuhipun. Marasêpuh kêkalih lajêng sami nyawang dhatêng anak-anakipun mantu. Ingkang jalêr nyawang dhatêng mantunipun ingkang dados priyantun, ingkang èstri dhatêng pun santri. Pangunandikanipun marasêpuh jalêr: Dikapak-kapakna nèk priyayi kuwi kok mêsthi beda karo liya-liyane, sabarang gawene têmtu le ora nguciwani, linggiha iya dhèmês, solah tingkahe le luwês, nèk omong katon kèwês, dalasan ngumbar angin jêro bae iya katon pantês. Beda têmên karo si santri kuwi, le nyandhang ora pakra, lungguha iya timpuh, ora gandês saithik-ithika, wong lagi ngadhêp wong tuwa têka disambi calumak-calumik ngitungi jênitri. Mulane aku gumun bangêt ngrasakake êmbokne Marliyah kuwi, hla wong kaya ngono kathik diêpèk mantu.

Dene marasêpuhipun èstri ing batos wicantên makatên: rak iya mêngkono wong kuwi, dadi kêna diarani têmên-têmên anggone taat marang Pangeran, nang sandhang iya ora pati ngopèni, anggêre katon rêsik wis cukup, nyang ngêndi bae ora tau lali têsbèhe, kuwi ambuktèkake yèn sawanci-wanci tansah eling marang sing nitahake, mulane wong sing wis mêngkono kuwi, ora-orane iya wis mêsthi banjur diêdohi marang kabèh panggodhaning setan. Seje têmên karo mantuku priyayi kuwi, kiraku awakè sakojur dadi pondhokaning setan bae. Mangan nèk ora ana sing dadi doyanane, mripate iya banjur abang. Ingatase nang ngomah bae, le dandan kok iya dikayang mêngkono, upama gumantunga nyang aku, wis ora bakal wong kaya mêngkono bisa dadi mantuku. Anggone pêthenthèng-pêthènthèng kuwi aku ora sudi têmênan, kiraku nèk malangkah lawang sathithik bae, nang jaba rumasane isih jaka kumala-kala bae.

Sêsampunipun pun bapa marasêpuh lajêng wicantên dhatêng anakipun mantu kêkalih makatên: Gèr, aku arêp pitakon rong prakara marang kowe sak kloron, padha wangsulana, nanging kowe aja andakwa, yèn aku arêp anjajagi mungguhing kapintêranamu, kuwi ora pisan-pisan, aku mung kêpengin wêruh panêmumu ing bab-bab mau. Dene pitakonku kuwi mangkene: apa sababe, banyak kuwi suwarane: ngag-ngag sêru bangêt, barêng enthog suwarane kok mung: iyik-iyik lirih. Mara, Abdul Japar, kowe awèha wangsulan dhisik.

Mirêng pitakènipun bapa marasêpuh makatên wau, Abdul Japar enggal mangsuli: inggih pancèn sampun postha-pasthi.

Bapa marasêpuh ing batos mèsêm mirêng wangsulanipun [wangsulanipu...]

--- 944 ---

[...n] Duljapar wau saha lajêng angunandika makatên: iya mêngkono kuwi nèk santri, yèn diajak rêmbugan, ora kêna babar pisan, ditakoni apa-apa wangsulane nèk ora: sampun postha-pasthi, iya: pancèn sampun dados têkdiripun Ingkang Kuwaos.

Dene pun bok marasêpuh tansah ngungun mirêng wangsulanipun santri, ing batos wicantên makatên: E, e, e, têka samono gêdhening piandêle bocah kiyi marang sing Kuwasa. Tak pikir-pikir pancèn iya bênêr bangêt, apa anggarah manusa bisa ngowahi apa kang wus dititihake dening Pangeran. (Badhe kasambêtan)

Sêsêlan

[Kinanthi]

nyata rikêt plêsatipun / sasi môngsa miwah warsi / lakunya lir ayang-ayang / durung rampung tinaliti / pirang warsa kang katingal / anggêbyur sirna ngoncoti //ngoncati.

umuring jalma sadarum / apindha sirnaning warsi / lir rumput ing ara-ara / endahnya lir sêkar sami / tan langgêng ing kaanannya / sakêdhap nuli ngêmasi //

enjing mu-rêmu ronipun / lan sêkar mompyor gônda mrik / nêngsêmkên kang samya mulat / nging têkane panas nuli / alum nglumpruk tanpa daya / sirna kabuncang ing angin //

nèng donya aja katungkul / mung ibut ngupaya bukti / iku dudu urip tuknya / yèn boga tuking ngaurip / wong sugih tan manggih lena / si miskin bae kang lalis //

paedahe bôndha iku / mung kanggo ngrukti ngaurip / dene yèn uripe sirna / bôndha tan bisa nyambungi / sida tiwas katiwasan / sabên tyang kang angrakêti //

Tukiya.

Waosan Lare

Nagara Mirasa.

VII. Kêsèd Kalirên.

[Sinom]

lakune ana ing dalan / kanthi ngontog jroning ati / dene padha ora lumrah / kabèh wong sing diiloni / atine ora bêcik / ithik-ithik banjur nêpsu / yèn ngono dadi cêtha / ing bêcike uwong kuwi / yèn ditimbang kêtêmune mung sadhela //

mangkono gone anggagas / Kêsèd nganti bola-bali / awak dhewe ora ngrasa / gaweane ora bêcik / mung pijêr angugêmi / ing bêcike dhewe iku / mula tansah rêkasa / pikirane

--- 945 ---

molak-malik / ora tau duwe rasa panarima //

wise mlaku sawatara / kabênêr wis lingsir wêngi / gamêlan kêrungu cêtha / wong-wong liwat andalidir / ana sing arêp mulih / ana sing mlaku kêsusu / sêlak milu janggrungan / wis dandan pating bêthithit / ing lakune surak-surak turut dalan //

Kêsèd atine karasa / lan nganti ambrêbês mili / kèlingan mênyang wong tuwa / uwis adoh ing saiki / upama arêp bali / ing ati rumasa ewuh / dene ninggal wong tuwa / lunga bathang bali mayit / ing têgêsatêgêse. ora mundhak apa-apa //

môngka uwis dikêkudang / bisa dadi ratu sugih / jêbul mung kêtlarak-tlarak / pirabara nêmu bêcik / ora pisan mrangguli / malah mung olèh pakewuh / mula Kêsèd sangsaya / anggêrus rasaning ati / ora niyat tekade diundurana //

awit dhèwèke rumasa / wong kapengin dadi gusti / lumuh kêrèh padha-padha / upama gêlêm nglakoni / mlorot drajade mêsthi / padha mung kaya wong mikul / mung amburu opahan / pathokan wêtênge isi / banjur aran bêburuh ing sabên dina //

nanging ya rada sulaya / tekade sing ngono kuwi / jalaran saka kagawa / gone ora bêtah ngêlih / sabên krasa sathithik / awak andharêdhêg bingung / banjur ketokên pangan / yèn nganti kasèp macicil / mula nekad wani nêmpuh anggêr ana //

samana wis bang-bang wetan / unine manuk srigunting / kaya-kaya ngelingêna / mênyang wong sing arêp lali / Kêsèd nuli mêmikir / karo alon-alon mlaku / ananging mung lon-lonan / nyawang rêmbulane lingsir / saya surêm kêsundhul padhanging awan //

ing kono banjur kêgugah / mêtu tekade sathithik / êmung dhêdhewekan kôndha / ana rina ana wêngi / apa sing tak samari / yèn atiku nganti nglunthung / mung sabab saka pangan / lan yèn mung mangan sathithik / ora patut tak labuhi adol wirang //

kaya sing wis aku jinja / yèn kèlingan aku isin / wirangku jalaran pangan / sajêrone muni kuwi / wêtênge muni klikik / dibarêngi dhèhèm sêru / ngucap angudubilah / ora kêna dirasani / dene dadak anyuwara awèh tôndha //

Kêsèd lakune wis bablas / ora nganggo nolah-nolih / akèh uwong sing kêpapag / nganti padha angrasani / dene lakune kuwi / kaya satriya ing gunung / wis tanpa nyawang dalan / Kêsèd ora amraduli / awit niyat wis ambundêrake tekad //

lakune tumuli têkan / pasar gêdhe ambênêri / nuju ing dina pasaran / wong ting kraèk padha muni / ana sing tawa jarik / ikêt kulambi lan sarung / Kêsèd mung slamêt liwat / ora nganggo amangsuli / malah ana anggarap kaduk sêmbrana //

napa mung langkung mawon mas / sampun sugêng mawon inggih / ulate Kêsèd katara / ora kêduga ing ati / dene digarap wani / ing kono nuli kêpêthuk / wong butuh golèk rewang / marani Kêsèd lan nari / nanging Kêsèd lumuh bangêt nglakonana //

nadyan nyatane klikikan / nanging batin tansah eling / iku pagawean nistha / ora mangan bok ya uwis / Kêsèd nuli mangsuli / kula dene kuli pikul / wonge bali akôndha / maklum ampun dados galih / Kêsèd ngrasa diajèni ing wong liya //

lakune tumuli têkan / gon jajanan tharik-tharik /

--- 946 ---

kono Kêsèd ngrasa tobat / wêruh dodolan ting tlêning / sêgane putih-putih / sate dibakar kumrumyus / Kêsèd ing sanalika / nganti ngrasa arêp mati / kalukuking wêtêng nganti gawe jola //

irunge kêlêbon gônda / mênyang wêtêng kaya ngiris / jalaran saka le nahan / Kêsèd banjur tutup kuping / êmung saka nglumuhi / ngrungokke sing padha nyêluk / lan uga tutup mata / kaya wong wêruh mêmêdi / wise liwat lagi bisa ngrasa lêga //

luwar saka ing bêbaya / ananging priye saiki / kêsèd mung ngrasa pêt-pêtan / wêtênge kaya diuntir / andhrêdhêg untu gathik / sirah bangêt krasa ngêlu / wusana sanalika / Kêsèd banjur ora eling / anggaloso tiba ana pinggir dalan //

nganti ana saprapat jam / Kêsèd lagi bisa eling / tujune ing dhèk samana / angambah dalan sing sêpi / wong ora amêruhi / gone Kêsèd ngono mau / sawise rada kuwat / nuli krengkang-krengkang tangi / golèk papan sing rada lindhuk akiwa //

dhèk samana kabênêran / ana gubug ketok sêpi / Kêsèd banjur alon mapan / ambêgane kêmpis-kêmpis / ora suwe pêt lali / kabanjur nuli lês turu / saka bangêt rêkasa / dene gone ngono kuwi / satêmêne saka kalirên kêsêngka //

kabanjur nganti sadina / Kêsèd ora bisa nglilir / malah nganti bêngi pisan / ora mobah ora mosik / prasasat uwis mati / mung kari kêtêg dhug dhug dhug / lan kêmpising ambêgan / wis bèn kanepaksa iki / diungkurke bêcike salin carita //

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Sakatèn ing Ngayogya katingalipun badhe agêng, ngungkuli ingkang sampun-sampun, amargi salêbêtipun taun punika botên kasarêngan pêkên taunan, ugi badhe kawontênakên tèntunsêtèling. Sapunika sampun wiwit anggarap los-los Sakatenan.

Benjing tanggal 1 dumugi 11 Agustus punika, ing Sukabumi wontên Landbouwtentoonstelling, kajawi punika mitongtonakên sagawon, ulam loh tuwin kewan sanès-sanèsipun.

Kawartosakên, jalaran saking kathahipun tiyang ingkang katrajangjangkatrajang. sêsakit pès ing Bandhung, gêmintê rad ing ngriku nyadhiyani arta f 350.000, prêlu kangge andandosi griya-griya ingkang dèrèng manut pranatan kados ingkang sampun tumindak.

Kawartosakên bêstiring P.N.I. apdhèling Pakalongan dipun timbali ing Tuwan Residhèn Pakalongan, dipun paringi sumêrêp, miturut katrangan-katrangan ingkang dipun uningani ing tuwan residhèn, kursus-kursus ingkang dipun adani dening P.N.I. ing ngriki punika dipun angge nindakakên pêrgêrakaning pakêmpalan bab botên mathuk kalihan parentah. Tuwan residhèn aparing dhawuh, supados sampun ngawontênakên pêrgêrakan ingkang kados makatên wau. Bilih bab wau botên kaèstokakên, tamtu badhe dipun wontênakên tindak angalang-ngalangi kursus P.N.I. wau. Bêstir mangsuli botên rumaos gadhah tindak makatên, ewadene tuwan residhèn angambali dhawuh makatên malih, bêstir lajêng kalilan wangsul.

Ing taun 1929 parentah amaringi subsidhi dhatêng pakêmpalampakêmpalan. Muhamadiyah kangge prêlu: sêkolahan ôngka II ing Ngayogya, tumrap balônja-balôja guru f 5152.50. tumbas prabot sêkolahan f 604.50 tuwin kangge ngupakara griya pamulangan f 112.52. Kangge prêluning sêkolahan ôngka II ing Lêmpuyangan, Karangkajèn tuwin Kuthagêdhe f 2975.50. kangge sêkolahan ing Suryadiningratan tuwin Langênastran, Ngayogya f 232.50.

Ing sapunika ing Ngayogya ugi dipun wontênakên tindak kêncêng tiyang èstri lampah awon lajêng dipun cêpêng. Ing sapunika têtiyang èstri ingkang gadhah lampah kados makatên wau kathah ingkang lajêng tumut tiyang sêsadean bikak wande.

--- 947 ---

Rancangan ingkang badhe dipun rawuhi Sri Nata Siyêm: tanggal 5 Agustus, enjing rawuh ing musium ing Batawi. Siyang mubêng-mubêng nitih oto. Dalu dipun wontênakên pista ing Pura Konêngsêplèin. Tanggal 6 sasampunipun mariksani paradhê rawuh ing pamulangan luhur dhoktêr C.B.Z. tuwin pabrik candu. Siyang dhatêng papan anggêgana K.N.I.L.M. nglampahakên mêsin mabur wontên sanginggilipun kitha Batawi. Sontên pista ing Concordia. Enjingipun bidhal dhatêng Bogor. Tanggal 8 mariksani kêbonraja. Tanggal 9 nitih oto dhatêng Cibadhak, mriksani Waterkrachtstation ing Cibadhak. Siyang dhahar wontên ing Wijnkoopsbaai. Tanggal 10 rawuh ing pabrik karèt ing Cipêtir. Enjingipun dhatêng Bandhung lêrêm ing hotèl Homann. Tanggal 12 mariksani pabrik kinah utawi dhatêng Dhago, ngunjuk tèh. Tanggal 13 mariksani kabudidayan kinah. Enjingipun mariksani kabudidayan kopi utawi tèh. Tanggal 15 mariksani kawah rêdi Tangkubanprau. Tanggal 16 dhatêng Malabar-radiostation. Tanggal 17 ngaso. Tanggal 18 bidhal dhatêng Garut lêrêm ing hotèl Papandhayan. Enjingipun tanggal 19 dhatêng Cipanas. Siyangipun dhatêng wadhuk ing Lèlès lan Bagêndhit. Tanggal 20 dhatêng kawah pamujan, siyang dhahar ing Radiumhotel. Tanggal 21 dhatêng pasisir kidul, siyang dhahar ing Strandhotel. Enjingipun mariksani kawah Papandhayan. Tanggal 23 ngaso. Tanggal 24 bidhal saking Garut dhatêng Wanasaba. Siyang dhahar ing Jatipring, dipun aturi dening miliyunèr Tiyonghwa. Tanggal 25 ngaso. Enjingipun rawuh ing Dhiyèng. Tanggal 27 ngaso. Tanggal 28 dhatêng Surakarta langkung Salatiga tuwin Bayalali, siyang dhahar wontên Salatiga ing griyanipun miliyunèr Tiyonghwa. Wontên ing Surakarta ngantos tanggal 1 Sèptèmbêr. Tanggal 1 Sèptèmbêr bidhal dhatêng Ngayogya, mampir Candhi Prambanan, nyare ing Grand Hotel. Wontên Ngayogya ngantos tanggal 5 Sèptèmbêr. Tanggal 5 dhatêng Barabudhur tuwin Mêndut, siyang wangsul dhatêng Ngayogya. Mirid programah Sêmarang botên dipun rawuhi.

Wontên pawartos, Tuwin Wiwaha Komis N.I.S. pursitêr up bêstir yong islami tên bon ing Ngayogya, tampi sêrat pitakenan sanès opisil saking salah satunggiling amtênar ing Batawi, punapa panjênênganipun purun dipun angkat dados lid polêksêrad ing taun ngajêng, awit ing taun ngajêng wau kathah wêwahan lid. Tuwin Wiwaha kawartosakên purun, nanging botên dados wêwakiling pakêmpalanipun, awit pakêmpalanipun wau botên gêgayutan politik.

Nalika tanggal kaping 21-7-'29 ing dhukuh Kwageyan, Krajan, Sugihan (Salatiga) wontên satunggiling tiyang gadhah damêl têtakan, wanci jam ½7 enjing ing ngriku wontên satunggiling lare kintên umur 18 taun, nami Buyin, andandosi patruman, badhe kadamêl uluk-uluk rèsipun ingkang têtak, nanging nalika sawêg dipun nali, dilalah mungêl, ngantos patruman wau pêcah, anatoni lare wau: wêtêng tatu wiyar ngantos mêdal ususipun. Tangan kiwa ingkang kangge nyêpêngi lantak, tatu biblak. Badan sakojur gêsêng kênging obat. Tiyang sêpuhipun sarêng sumêrêp, nuntên sêmaput, wontên tiyang kalih ingkang cakêt anggènipun ngênali ugi sêmaput. Lare ingkang nandhang tatu wau têrus kabêkta dhumathêng dhoktêran Salatiga, nanging kapurih nglajêngakên dhatêng Sêmarang, prakawis sawêg kapriksa. (K. No. 338).

Nalika tanggal kaping 17 wulan Juli 1929 pangadilan landrad ing Rêmbang andhawahakên karampungan dhatêng pasakitan, babah tuwin nyonyah Go Lam Jang, sudagar sugih ing Lasêm, kaukum kunjara a 1½ taun, jalaran pasakitan kalih-kalihipun anêrak anggêr-anggêr 333 buku ukum. Ing sapunikanipun babah tuwin nyonyah Go Lam Jang sami botên narimah dhatêng putusaning pangadilan, sarta lajêng sami apèl. (K. 621).

Sampun sawatawis dintên punika, bôngsa Tiyonghwa lênggananing Electriciteit Mij Rembang ing Lasêm, sami mogok, botên dados lêngganan malih, malah ingkang sami taksih dados lênggananing maskape wau griyanipun sami dipun tir, pulisi ing Rêmbang lajêng anindakakên pajagèn dhatêng kitha lasêm. (K. 621).

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 3854 ing Pulung. Inggih prayogi. Nanging... saèstu lho.

Lêngganan nomêr 2481 ing Mungkid. f 1.50 punika tumrap kuwartal sakawan, dados taun punika sampun lunas.

Lêngganan nomêr 984 ing Ambahrawa. Bausastra Walandi, Jawi, Bale Pustaka dèrèng ngêdalakên.

Wangsulan saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 2742 ing Magêlang. Pamrêtaling waosan kados ingkang kasêbut ing sêrat panjênêngan punika manawi botên kanthi palilahipun ingkang ngêdalakên sêrat-sêrat utawi kalawarti, kalêbêt dados awisan. Sintên ingkang narajang awisan wau badhe kapatrapan paukuman. Bilih panjênêngan badhe mrêtal sêrat utawi buku-buku ingkang kawêdalakên dening Bale Pustaka, kêdah nyuwun palilah dhatêng pangagênging Bale Pustaka rumiyin. Prakawis nyukani palilah bab mrêtal wau sanadyan parentah pisan botên tumut gadhah wêwênang.

Ngaturi uninga, ing dintên punika Petruk botên mêdal. Mugi botên andadosakên cuwaning panggalih. Red.

--- 948 ---

Wêwaosan

Sêrat Bayan Budiman

Karanganipun Mas Arjawiraga.

14

[Pangkur]

asih trêsnanirèng raka / anggung ngêmong tan pisan nyulayani / sri nata karênanipun / bêbêdhag maring wana / duk samana sri narendra ambêburu / dupi praptèng wanawasa / datan pisan amrangguli //

pan amung uninga sarpa / sarpa èstri dahat endah ing warni / pulêtan lan sarpa kakung / kang kuciwa ing warna / sri narendra dahat tan rêna ing kalbu / tumuli anarik pêdhang / dèn sabêtkên angênèni //

kang sarpa jalêr palastra / sarpa èstri nandhang tatu sakêdhik / kêsrèmpèt ing pêdhangipun / kang tan pisan jinarag / dyan lumayu datan katon nèng pandulu / nanging mênggah jatinira / awêwadul maring laki //

kontul dèn unèkên dhandhang / ing sakala wêwadul anêdhasi / mangkana ing ucapipun / kula botên tarima / botên dosa badhe cinêpêng sang prabu / nanging kula sagêd oncat / sang aprabu anatoni //

dene ta ing jatinira / punang sarpa nênggih sarpa narpati / duk miyarsa aturipun / yèku waduling garwa / nulya ngakak ngadêg kang pêthit gumêbrug / tutuk mênga mijil wisa / kalangkung ngajrih-ajrihi //

dyan budhal nywara kumrasak / gumarubug dèn iring angin-angin / nêdya nyedani sang prabu / anjujug ing kadhatyan / lan sumusup sanalika santun wujud / tan pisan yèn kawistara / pan awarna sawêr kisi //

kacarita sri narendra / duk samana laju bêbêdhag malih / lan wus dadya adatipun / sapraptanirèng pura / nulya lênggah lawan pramèswari rukun / sambènira cêcarita / lêlampahan kang kawuri //

sawêr kisi duk samana / sumêlap nèng papan kang dahat rêmit / têtela dènira ngrungu / sabdanirèng narendra / datan wontên lêlampahan ingkang langkung / dalah duk mêjahi sarpa / sadaya ingurut titi //

dupi nata arsa nendra / nata sarpa sakala malih warni / kadi sajatining wujud / iyèku nagaraja / nulya nabda sri nata ing jatosipun / ulun arsa lampah cidra / nyedani paduka gusti //

kang jalaran kenging daya / wêwaduling èstri kang cidrèng laki / mangkya wus têtela lugu / lêpating swami amba / lah sumôngga kula ngaturi pisungsung / ngèlmi kang dahat piguna / mring tataning sato ngrêti //

tanapi sawarnèng basa / kang kumêcap paduka tamtu bangkit / kang ngèlmi tinampèn sampun / sri narendra wus lêbda / nanging wontên anggêring awisanipun / datan kenging dèn wêdharna / mring liyan sanadyan rabi //

yèn kongsi dèn tarajanga / sri narendra yêkti nêmahi lalis / wusing tamat nulya mundur / wau kang nagaraja / sanalika oncat saking ngarsa prabu / kanthi lêganing wardaya / wruh kang bênêr miwah sisip //

amarêngi liya dina / sri narendra kondur saking wanadri / sarira karaos lêsu / nulya dhawuh mring garwa / amêtêki lawan ngopyok arum-arum / mrih sêgêr maring sarira / Sri Supatni nglêksanani //

amèt rum-arum ing gêbyas / duk samana pan wontên coro kalih / jalu èstri samya kumpul / kang tansah dhêdhêlikan / analêsêp anèng kajang sirah prabu / kang coro èstri angucap / sêgêr sumyah awak mami //

lah wong lanang bok ngupaya / bèn kêlêgan borehan lênga wangi / dene ta pratikêl ingsun / astane pramèswara / grêmêtana pangastane yêkti mrucut / yèn lêngane balabaran / sun borehan kang waradin //

amangsuli coro priya / iku aja patrap mangkono kuwi / aran tindak datan patut / yèn kongsi kalakona / Sri Supadni kagèt yêkti datan wurung / dadi jalaraning gêrah / anèh têmên sira kuwi //

lah ing ngriku sri narendra / agumujêng sabawanya nyêkikik / pramèswari alon matur / anggêgujêng punapa / dene datan wontên suwara rinungu / sri narendra asajarwa / awit saking coro kalih //

lan malih nulya sajarwa / dènnya bangkit basèng sato sasami / saking ngèlmu dènnya antuk / ing ngriku pramèswara / kelut ing tyas ugi nyuwun arsa wêruh / sri narendra angandika / yayi iku datan kêni //

awit mungguh jatinira / ngèlmu iku dahat dènira wêrit / saka piwêlinging guru / tan kêni winêdharna / maring liyan yèn sun têmah ingsun lampus / Sri Supadni duk miyarsa / dahat tan rêna ing galih //

nulya umatur ing raka / yèn paduka tan arsa anjarwani / kawula milalu lampus / mangkana sri narendra / èmênging tyas ing wasana mèt pangimur / adhuh yayi kadiparan / yèn sira anglalu pati //

awit yayi jatinira / ingsun yêkti dahat nandhang prihatin / sugêngingsun dadi ratu / tan bangkit tanpa garwa / yèn mangkono luhung sun anglalu lampus / tinimbang tan darbe sêtya / marang ing wêca sajati //

marma ing sayogyanira / ywa kêburu sira rupak ing galih / pikirên ingkang pakantuk / sajroning pitung dina / dadi datan kêbacut kêparan tutuh / wis yayi yogya srantèkna / mrih têtêp têntrêm ing ati //

wusing ngandika mangkana / sri narendra nulya ngêngimur galih / dhawuh mring wadya sadarum / mrih samya andrawina / salêbêting pitung dintên pitung dalu / aywa kongsi kêkirangan / samia asuka ngênting //

sawusira kalampahan / sri narendra mêmpên lan pramèswari / nèng bale kambang kadhatun / dahat asri rinêngga / taru-taru tuwuh ijêm angrêmbuyung / tan kêndhat mawèh pirêna / ngêngimur rudahing galih // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]