Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-08, #1644

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1929, #1644
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-01, #1644. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #353.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-02, #1644 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #385.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-03, #1644 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #386.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-04, #1644 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #387.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-05, #1644. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #388.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-06, #1644. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #389.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-07, #1644 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #390.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-08, #1644. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #391.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-09, #1644. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #392.
10.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-10, #1644. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #393.
11.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-11, #1644 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #394.
12.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-12, #1644 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #395.

Ôngka 62, 28 Sapar Taun Ehe 1860, 5 Agustus 1929, Taun IV

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [965] ---

Ôngka 62, 28 Sapar Taun Ehe 1860, 5 Agustus 1929, Taun IV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Têlaga Warna ing Rêdi Megamêndhung (Priyangan)

[Grafik]

Sawangan ingkang nêngsêmakên ing Talaga Warna.

--- 966 ---

Raos Jawi

Raosing Katrêsnan

Tiyang gêsang punika tamtu kasampiran raos ingkang botên têtêp, upaminipun bingah lan susah, trêsna lan gêthing, ambêg wêlasan lan têgêlan, tuwin sanès-sanèsipun.

[Grafik]

Katrêsnaning lare dhatêng kewan.

Nanging sanadyan kalih bab ingkang tansah dhuwamah ing tiyang wau dhatêngipun botên kenging dipun damêl utawi dipun singkiri, ewadene mênggahing tiyang namung melikakên dhatêng lêlampahan ingkang dipun wastani sae utawi adamêl sakeca.

Wontênipun makatên, mirid saking kajênging tiyang, tiyang gêsang punika namung lumuh kataman ing susah tuwin sanès-sanèsipun, nanging kasupèn manawi anggènipun pados jalaraning sae punika kanthi katutan kamurkan, têgêsipun anggèning ngantêpi pados jalaraning kadumugèn wau tansah nindakakên pangèsthi tanpa kêndhat, dene sasampunipun kêcêpêng, nama sawêg kalêgan. Ewadene saupami tiyang kêklêmpak, sasampunipun pinanggih mêthuthuk, samôngsa kêlonglongan, growahing manahipun lajêng karaos sangêt, makatên punika ingkang sok andadosakên sabab botên têtêping lêlampahan. Makatên sapanunggilanipun.

Sapunika ing bab katrêsnan, katrêsnaning tiyang dhatêng anak bojo, punika tanpa upami, tandhanipun sakit kemawon botên angsal, wosipun anjagi murih sampun ngantos uwal katrêsnanipun. [katrêsnanipu...]

--- 967 ---

[...n.] Ewadene asring dipun damêl piyambak, sêmbranan anggènipun damêl tatanan kirang prayogi, ingkang pikantukipun badhe damêl ewahing katrêsnan anak mulang sarak dipun kèndêlakên kemawon, sarêng sampun kalajêng namung gêtun, wosipun nyuda katrêsnan. Nanging mênggah ing sajatosipun, sadaya wau namung dados prabot kangge ngawontênakên tôndha saksi, bilih lêlampahan punika tansah gilir gumantos.

Inggih sampun malih dhatêng tiyang sanès, trêkadhang pamrêdinipun dhatêng badanipun piyambak kemawon inggih asring sulaya, upami wontên niyat ngajak gêmi, punika sok wontên niyat ingkang botên sumêrêp ing gêmi, wusana pinanggihipun sulaya, badanipun lajêng dipun tutuh piyambak: la wong anu. Wosipun punapa, inggih namung bab botên ajêgipun lêlampahan ing donya.

Mênggahing tiyang, limrah gadhah kajêng trêsna dhatêng sasamining titah, sanadyan dhatêng sato kewan pisan inggih makatên. Nanging kadospundi sagêdipun nindakakên katrêsnanipun wau murih lulus, awit têtêping katrêsnan punika pancèn kêdah mawa prabot ingkang rêsik yêktos.

Botên kirang kusir ingkang pangemanipun dhatêng kapal kados dhatêng badanipun piyambak, botên kêndhat gêbêg kêrokipun, têdhanipun taksih dipun samêktani, gêdhoganipun dipun rêsiki gumrining, sadaya namung murih prayoginipun kapal. Ewadene manawi kapal wau mogok kalanipun kangge narik, botên dipun sumêrêpi sababipun, namung lajêng muring-muring, kapal dipun dhawahi ing gêbag, jalaranipun botên liya inggih namung badhe ngewahakên katrêsnanipun.

Tiyang tani, pangemaning dhatêng rajakayanipun kados dhatêng anak, awit ngrumaosi dipun rencangi pados têdha. Wusana sarêng rajakayanipun sampun sêpuh, kêndho ing damêl, lajêng dipun sumanggakakên ing kiyai jagal, kêsupèn dhatêng lêlabêtaning rajakayanipun.

Sapunika mangsuli bab tumanduking katrêsnan dhatêng sasami-sami, botêna tansah kisruh, awit mênggahing tiyang sami anggadhahi ngakal budi, ngrika dipun rèh botên purun, ngriki lumuh kapurih miturut, sagêdipun trêsna manawi nuju sawêg nunggil larasipun, punika bokmanawi mêsthi.

Nanging kadospundi manawi botên wontên ingkang nama trêsna yêktos, lan sarèhning ing nginggil sampun nyariyosakên ing bab dhêdhasar rêsik, punapa prayoginipun nyinau nrêsnani badanipun piyambak rumiyin, bokmanawi langkung sae, nanging kacariyos nrêsnani badanipun piyambak punika angèl. Prayogi dipun nyatakakên.

Jugul.

--- 968 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja, Ind. Arts ing Kudus

Sambêtipun Kajawèn nomêr 59.

Ing Dhèli, kuli-kuli kontrak dipun jagi supados sampun ngantos kenging sêsakit wau, ing pundi-pundi panggenanipun tiyang nyambut damêl, ing pondhok dipun sadhiyani wedang tèh prêlu kangge ngombe, punika mitulungi sangêt. Inggih lajêng lôngka kuli-kuli ingkang katrajang ing sêsakit wau. Wontên satunggal kalih ingkang kenging sêsakit wau, punika jalaran nyolong ngombe toya wantah utawi sanèsipun, awit rumaosipun kirang sêgêr anggènipun ngombe wedang tèh wau.

Sadèrèngipun wontên pranatan ngombe wedang tèh wau, tiyang ingkang kenging sêsakit dhesêntri kathah sangêt lan kathah ingkang tiwas.

Sêsakit amoeben dhesêtri punika jampinipun ingkang mustajab sampun wontên, inggih punika emetine utawi yatren. Ananging manawi sanès dhoktêr ingkang matrapakên inggih botên sagêd. Awit sadèrèngipun anjampèni kêdah mratelakakên rumiyin, punapa sêsakit wau amoeben utawi bacillair dhesêntri. Kajawi saking punika anjampèni mawi suntikan punika manawi sanès dhoktêr inggih botên kulina, saha manawi kalintu kirang rêsikipun pirantos utawi sanèsipun sagêd ambêbayani.

Tiyang ingkang kenging sêsakit bacillair dhesêntri manawi botên kasèp anggènipun nyuntik mawi serum wau sagêd wilujêng (saras), mila enggal nêdha pitulunganipun dhoktêr.

Rèhning sêsakit dhesêntri punika gampil panularipun, mila prayogi dipun jagi kangge nanggulangi sêsakit warni kalih wau.

1. Sampun ngantos cakêt utawi magêpokan kalihan ingkang sakit.

2. Sampun nênêdha barang têtêdhan ingkang sampun rêgêd, utawi ingkang kintên-kintên wontên wijinipun sêsakit wau kados ta: jajanan ingkang sagêd dipun encoki lalêr sapanunggilanipun.

3. Sampun ngombe toya mêntah utawi ingkang anjalari panularipun wiji sêsakit wau.

Miturut ing nginggil panulakipun sêsakit wau kêdah:

1. Ingkang sakit utawi ingkang dipun kintên gadhah sêsakit (bacillendrager) wau kapisah.

2. Sêsukêripun ingkang sakit utawi panggenanipun punapadene panganggenipun dipun ontsmet.

3. Kakus-kakus kêdah dipun damêl ingkang prayogi lan têbih saking sumur.

4. Lalêr-lalêr dipun pêjahi (icali) punika sagêdipun kalampahan, rêrêgêd utawi larahan ing sakiwa-têngêning griya dipun bêsmi, cêkakipun kêdah rêrêsik ing samukawis.

5. Ngawontênakên waterleiding, manawi botên sagêd, cêkap toya ingkang kangge ngombe kagodhog, utawi sadhiya wedang tèh.

--- 969 ---

Kula sampun ngintên piyambak lan sampun nate anjampèni lare bayi umur 4 wulan, ingkang katrajang sêsakit wêtêng, saha sampun 2 1/2 wulan dipun upakara wontên griya sakit agêng (Juliana ziekenhuis) sanajan para dhoktêr pamriksanipun saha anggènipun anjampèni sampun nama cêkap, ewadene sakitipun bayi wau tansah lajêngan, bayi ngantos kêra sangêt, badan bêntèr tansah nangis kemawon, lan anggènipun ambêbucal mèncrèt, wêdaling sêsukêripun mawi umbêl sakêdhik ananging tanpa êrah. Sarêng sêsukêr wau kula priksa mawi kaca praksana pinanggih wontên amubênipun, dados cêtha sêsakit wau dhesêntri. Salajêngipun salêbêting 10 dintên bayi wau sampun sagêd saras, saha kajampenan emetine kalihan yatren.

Wontên malih lare ingkang sampun umur 6 taun kenging sakit bêntèr, wêtêng sangandhaping wudêl marongkol sakêpêl, kula jampèni jampi warni-warni botên sagêd wontên sudanipun, lajêng kula purih ambêkta dhatêng griya sakit agêng (Juliana), awit ingkang mrongkol ingkang andadosakên sakit bêntèr prêlu dipun potong (operatie), sadèrèngipun ingkang sakit pangkat dhatêng griya sakit, kalêrêsan dhoktêr têpanganipun tiyang sêpuhipun lare ingkang sakit wau dhatêng, inggih sarujuk rêmbag lare kabêkta dhatêng griya sakit, ananging manawi suka lare wau badhe dipun suntik rumiyin mawi emetine awit pamanggihipun jalaraning dados bêntèr utawi sakit mrongkol wau saking Amoeben dhesèntri. Inggih sayêktos, sasampunipun ingkang sakit kasuntik emetine bêntèripun ical, dados botên saèstu dhatêng griya sakit.

Asring kemawon kula anjampèni têtiyang ingkang sakit jêroan sampun wulanan, taunan, sakit lumpuh, utawi sakit padharan, gêgêr, lêmpèng, jêroan, jampi Jawi Tionghwa sampun botên tumônja (botên pasah), tiyang ingkang sakit botên mèncrèt botên ambêbucal umbêl utawi êrah, ananging 2 a 3 taun ingkang kapêngkêr sampun nate sakit padharan mèncrèt, punika sarêng kasuntik emetine lajêng sagêd saras salêbêtipun 1 minggu, dumuginipun kalih minggu sampun sagêd lumampah saha sagêd nyambut damêl kados adat.

Ingkang kasêbut ing nginggil punika namung minôngka têtuladan bilih sêsakit Amoeben dhesêntri punika sagêd nukulakên sêsakit warni-warni ingkang nyêbal saking padatan. (Badhe kasambêtan)

Kawruh Sawatawis

Katur ing panjênênganipun tuwan rêdhakturing Kajawèn (Bale Pustaka).

Bokmanawi botên wontên pakèwêdipun, kula ngajêng-ajêng supados pratelan kula punika kapacak ing Kajawèn ugi. Kula mangrêtos, manawi ing Kajawèn saèstu botên kalilan macak sêrat bêbantahan, mindhak angarubiru kasêngsêmanipun para maos, pramila atur kula ing ngandhap punika ugi sanès winih bêbantahan.

Kapanujon, kula maos Kajawèn ôngka

--- 970 ---

55 tuwin 56, nyumêrêpi panjurungipun Tuwan Martaraharja, ingkang mratelakakên bab aluran saha sarasilahipun buku karangan kula Kyai Agêng Drêpayuda, sulaya kalihan sêrat pèngêtanipun (bokmanawi panjênênganipun kagungan naluri Drêpayudan), ingkang punika saklangkung bingah saha panuwun kula, dene kasdu paring pêpajar mêwahi katrangan wau, bokmanawi inggih ingkang lêrês. Ewadene kula ugi dèrèng sagêd tumuntên anamtokakên. Amargi ing pasarean, Majan Jatèn, tuwin ing sarasilah dalêm Ngayogya, botên pinanggih ingkang mawi pêparab dhatuk, ing sarasilah jêjêr Hang Tuah Palembang, lan wêkasan Kyai Wanasalam, pinanggih rujuk ing pasarean Jatèn.

Punapa malih pratelanipun Tuwan Martaraharja, botên mawi dipun kanthèni katrangan bêbarakaning karaton (jaman sêsarênganipun), manawi mirid ingkang kawrat ing Sêrat Walisanga, ingkang maligi babadipun para wali, pangajawinipun Sunan Ngampèl, saha ingkang raka saking Cêmpa, kampir ing Palembag, nyarêngi miyosipun Radèn Patah (ingkang ing diwasanipun jumênêng nata ing Bintara, Dêmak), ingkang sêpuh jumênêng wali wontên ing Garêsik ngantos seda, kagêntosan Sunan ing Giri, Kangjêng Sunan ing Giri saha Kangjêng Sultan ing Dêmak wau sami kamantu Sunan Ngampèl, dados jamaning nata Prabu Brawijaya pungkasan. Manawi radèn utawi Kyai Agêng Drêpayuda wau sawêg tumindak wayah saking Sunan Ngalimurtala ing Garêsik, kados bêbarakanipun jaman sawêg karaton Pajang, mantu Dêmak, lungse-lungsenipun ing jaman Mataram, Panêmbahan Senapati, putra angkat Pajang. Dados taksih nêm turunan dumugi panjênênganipun Kangjêng Pangeran Mangkubumi, ingkang lajêng jêjuluk Sultan Suwarga ing Mataram. Punapa sagêd amêningi tuwin dados marasêpuh dalêm.

Ewadene botên pisan damêl rudatosing manah kula, saha inggih botên angantêpi sadaya, amargi samukawis pawartos saking tiyang sèwu, kawon nyata kalihan satunggal ingkang kasumêrêpan piyambak. Môngka sadaya wau sami botên mêningi piyambak, dados amung sadrêmi angimpun pawartos. Wusana amung nyuwun pangaksamanipun para maos.

Sumahatmaka.

[Grafik]

Sawangan ing talaga Singkarak, Sumatra Kilèn.

--- 971 ---

Jagading Wanita

Kawruh Ambathik (Nyêrat)

Sambêtipun Kajawèn nomêr 58.

Ngumbah ambironi

Tiyang nyêrat punika manawi sampun nyêmplungakên wêdêlan, nama sampun ludhang, lajêng sagêd miwiti nyêrat malih. Limrahipun ing Surakarta, tiyang mêdêlakên punika kenging mawi nyambut arta, tanpa sarêman, dados nama mitulungi lugu, kathah sakêdhiking arta manut sêratanipun. Tumrap tiyang ingkang nêdya ngobètakên, arta sambutan wau lajêng kangge tumbas mori malih. Makatên ugi manawi nyogakakên, ugi sagêd mawi nyambut arta. Dados tumrap tiyang mêdêl utawa nyoga, punika ugi kêdah mawi pawitan arta mirunggan, dene paedahipun sagêd mitulungi dhatêng tiyang ingkang nyêrat, ugi prêlu kangge ngajêngakên panggaotanipun, botên ngudi indhaking arta ingkang dipun sambutakên.

Salugunipun tiyang nyêrat alusan ingkang tumindak ing pakampungan, punika botên kenging dipun sêngkakakên kangge ngupajiwa, têtêp namung nama sambèn. Lêrês pajênganing sinjang kathah, nanging anggènipun nandangi dangu, dados mênggahing pêpetangan namung sak nyèlèngi, tampining arta krupyuk manawi sampun rampung. Saupami kapetanga caranipun nyambut damêl tampi epahan dintênan nama botên murwat, lan malih caranipun tiyang nyêrat punika sampun kapratelakakên nama sambèn, anggènipun nyêrat namung sasêlaning padamêlan ing griya. Beda kalihan jan ingkang manggaota nyêrat, kados ta ing panggenan Walandi, Pacinan, punika pancèn dipun santosani, mawi ngawontênakên pangobèng ngantos dasanan, panyambutdamêlipun dipun prêdi saha dipun titi priksa saèstu, wah malih nama sagêd nindakakên caraning among dagang.

Nanging tumrap nyêrat odholan (kasar) sinjang ciyut utawi ikêt, punika malah sagêd gancang, kathah tiyang ingkang sagêd nindakakên: enjing nyêrat, sontên mêdêlakên ngiras nyambut arta kangge tumbas mori malih. Enjingipun dipun sêrat, sontên mêdêlakên dipun sambutakên kangge mêndhêt wêdêlan kapisan. Enjing dipun garap, sontên dipun sogakakên kalihan nyambut arta, kangge mêndhêt wêdêlan nomêr kalih. Enjing dipun garap, sontên kasogakakên mawi nyambut arta kangge mêndhêt ingkang dipun sogakakên kapisan: têrus kasade, nama sampun ngundhuh wohing bêbathèn salêbêtipun kawan dintên, lan gadhah sêratan wontên ing sogan, makatên salajêngipun. Kados makatên mênggah gampiling pêpetangan.

Ing sapunika nglajêngakên bab ngumbah ambironi. Sinjang sasampunipun dipun pêndhêt saking wêdêlan, lajêng dipun kum ing toya tawa, supados ambaludhuk, manawi sampun watawis dangu lajêng dipun kêroki, patraping ngêrok, ngicali malam ing sêratan ingkang badhe kêtumpangan soga, upaminipun [upamini...]

--- 972 ---

[...pun] ingkang lêrês sawut, sampun ngantos wontên ingkang kalangkungan. Prayoginipun ingkang kangge ngêrok punika lading kêthul, supados botên angamohakên sinjang, lan sakecaning ngumbah, sinjang katumpangna ing gawangan, ing ngandhap dipun pasangi pangaron isi toya. Salêbêtipun ngêrok sakêdhap-sakêdhap ing panggenan ingkang dipun kêrok kasirama toya, sampun ngantos garing. Sarampunging ngumbah lajêng dipun isis, manawi sampun garing lajêng dipun bironi.

Patrapipun ambironi: nutupi sêratan tilas tapaking wêdêlan, kajawi punika kêdah nutupi tembokan ingkang thèthèl, kêdah ingkang titi. Manawi sampun rampung lajêng dipun cêlupna ing toya wênyêdan godhong randhu dipun colok ing gêndhis têbu, punika andadosakên saening babaran, lajêng kaisis, sasampunipun garing lajêng kasogakakên.

Ing ngajêng sampun kacariyosakên bab malam, nanging ing ngriki kapratelakakên malih, murih botên kêsupèn, inggih punika malam kêrokan wau lajêng kagodhoga, kangge ambironi sae, cakipun plikêt kêlèt.

Kajawi punika wontên wêdalan ingkang kadamêl gêdhah (biru nèm), punika patrapipun dipun wêdêl kaping kalih, sapisan namung sakêdhap, lajêng dipun popog lêrês ingkang kangge gêdhah, lajêng kawêdêlakên malih.

[Grafik]

Kamajênganing Wanita Indhu

Ing nginggil punika gambaring para wanita bôngsa Indhu ingkang sami ngêdêgi konggrès ing Delhi, wosing sêdyanipun nêdya badhe angewahi tataning ondêrwis. Wanita ingkang sami mangangge calana punika golongan Islam, ingkang botên calanan ingkang agami Indhu, dene ingkang dados pangarsa nonah bôngsa Inggris nama Cousins.

--- 973 ---

Waosan Lare

Nagara Mirasa

IX. Wêkêl dadi bupati.

[Dhandhanggula]

mungguh ratu sing kêcrita kuwi / ajêjuluk Sang Prabu Waspada / Karangagung nagarane / karênane sang prabu / ambêbêdhag kaya sing uwis / ambarêngi samana / nalika sang prabu / ambêbêdhag ana ngalas / amrangguli ana banthèng wani mati / ngamuk nêmpuh ing bala //

saka gone banthèng bangêt wani / ora ana wong sing wani nyêdhak / mêthuk banthèng pangamuke / akèh wong padha tatu / siji loro ana sing mati / sang prabu dhèk samana / bangêt gone gugup / nganti kêlair ngandika / sapa wonge sing wani bisa matèni / didadèkke nayaka //

barêng uwis kalakon saiki / banthèng mati kabèh padha bungah / sang prabu lêga galihe / ing batos bangêt gumun / dene êmung wong tani bêntil / asli saking ing desa / olèh gawe rampung / nanging ya rumaos bêgja / nadyan Wêkêl bênêr asline wong cilik / pêng-pêngane katara //

ing sadalan-dalan mung dikanthi / Wêkêl ora duwèni anggragap / ketok mung sakapenake / mlaku dikanthi ratu / galèlènge ketok mêdèni / tur satêmêne saka / pancèn durung wêruh / tatane ana nagara / apa manèh cêcêdhakan karo gusti / dirasa padha-padha //

nanging patrap sing mangkono kuwi / ora ana wong sing ngrasa ewa / dene sang prabu anane / malah abangêt sukur / prasajane ketok nêrusi / mêsthi tanpa lamisan / mungguh Wêkêl mau / sang prabu nuli ngandika / Wêkêl sira bakal sun angkat bupati / ana jroning nagara //

Wêkêl matur karo ngukur sikil / nganti mak grêg tindake sang nata / Wêkêl mangkene ature / yêktosipun gih purun / kula dipun angkat bupati / ananging katêrangna / bedane lan ratu / sang prabu alon ngandika / iya Wêkêl besuk sira mêsthi ngrêti / yèn wis ana nagara //

satêkaning alun-alun nuli / Wêkêl nyawang lan muni dhewekan / wah thik lêmah mluwa ngene / upamane duwèkku / mêsthi bisa digarap bêcik / digo sawah têgalan / gawe bêgja ngumbruk / pancèn bodho wong nagara / lumuh padha nglakoni dadi wong tani / beda karo wong desa //

sang aprabu agumujêng lirih / lan ngandika Wêkêl yèn nagara / iki lun-alun jênênge / wis lumrah sabên ratu / mêsthi ana sing ngene iki / yèn nuju pasamuwan / kêbak uwong iku / apa manèh kanggo ajar / sakabèhing prajurit bèn padha ngrêti / nyang caraning pêrangan //

Wêkêl mak nyut matur tanpa wêdi / yèn makatên kula pun wulangna / dados prajurit kang sae / murih ing benjingipun / ing samôngsa kula nglampahi / dados ratu kuwasa / botên badhe kidhung / arak inggih makatên ta / sang aprabu mèsêm karo anganthuki / iku bangêt prayoga //

ing sawise têkan sri manganti / sang aprabu banjur dhawuh rata / yèn Wêkêl ing saikine / diwisudha tumênggung / nuli dhawuh mênyang ki patih / radèn tumênggung anyar / nulia [nuli...]

--- 974 ---

[...a] diwuruk / tataning pyayi nagara / yèn wis bisa nuli tumapaka wajib / sacaraning nayaka //

sajêrone ana sri manganti / Wêkêl ora duwe was sumêlang / mung nyawang sakapenake / karo alon angguyu / omah iki gêdhe abêcik / yèn anaa ing desa / mêsthi mung pakewuh / sanadyan omahing dêmang / sing ngêdhangkrang durung paja-paja mirib / patute omah apa //

Wêkêl nuli digawa ki patih / dipondhokke ana kapatihan / dijèni bangêt pangkate / sing ladèn sarwa alus / cak-cakane wêdi ngurmati / lan diêtrapi sêmbah / tatakrama turut / wise sawatara dina / wiwit krasa dèn tumênggung ing panggalih / yèn saiki dibeda //

ora lawas iya nuli ngrêti / nyang tatane wong dadi niyaka / awit lantip ing atine / lakuning tindak-tanduk / sarwa pantês ambupatèni / mung sajake kumlanang / wis matuh kêbacut / dening kêgawa ing watak / êmoh kasor mênyang sapadhaning urip / nanging ya malah cakrak //

yèn kêkandhan wiraga saiki / gêlèlènge angina wong liya / nanging nyatane kapriye / wong pancèn nyata punjul / yèn gunêman titis pratitis / uwis tau dicoba / ngrêmbug prêlu-prêlu / êmung thas-this miwir cêtha / ngasorake liya-liyane bupati / sing uwis padha tuwa //

ing batine ngalêm kyai patih / ora ilang sang prabu misudha / nadyan wong cilik asline / mung rada durung rujuk / nyang patrape sing sajak dhiri / rada ora èrèpan / mênyang ing pandhuwur / nadyan wis diplimping basa / nanging mêksa durung kêrasa ing ati / isih ketok andadra //

sang aprabu barêng nguningani / yèn saiki nayakane anyar / uwis tumindak ing gawe / nuli ngandikan mlêbu / diirit ing kiyai patih / lakune sêblak-sêblak / laku dhodhok mungguh / nanging ya sajak andhangak / durung cêtha carane sowan ing gusti / ketok rada sêmbrana //

mung sang prabu ing galih kêdugi / mriksa mênyang ing nayaka anyar / sarwa saguh sajakane / nuli alon didangu / lah kapriye sira saiki / apa bisa ambeda / anane kêpungkur / mêsthi beda lan wong desa / kang kulina nèng sawah timbang bupati / bêcike rasakêna //

alon matur Wêkêl nuwun inggih / kaluhuran dhawuh dalêm nata / kawula angraos mangke / dados priyantun luhur / saking brêkah dalêm dhuh gusti / mila cipta kawula / mung sêtya ing ratu / sang aprabu bangêt bingah / tansah nyawang nuli angandika lirih / disambi gêgujêngan //

ingsun dhewe nganti ora ngrêti / dene sira nuli bae bisa / nglaras dadi uwong gêdhe / êmung caking lakumu / kêcakrakên kaduk sathithik / rada kaya wong desa / upama andhingkluk / lan manèh êtraping awak / yèn kotata rada sing lêmês sathithik / uwis tanpa kuciwa //

sanalika krasa têrus ngati / dèn tumênggung nuli owah-owah / antênge digawe-gawe / ananging malah kaku / barêgase suda sathithik / pancène uwis kodrat / wong wônda gumêndhung / sang prabu batos ngandika / bocah iki pancèn patute prajurit / ora patut nayaka //

nuli mundur Wêkêl kyai patih / sang aprabu ora kêndhat nyawang / karo ngandika mangkene / pancène si tumênggung / ora patut dikanthi patih / hara ketoke galak / gagèlènge bagus / lan manèh gone pêng-pêngan / ing patute kon ambêdhah kutha wêsi / mêsthine gambuh nyata //

--- 975 ---

Abên Banthèng lan Tiyang

Sampun dados tata ngadat, satunggal-satunggaling nagari punika gadhah tatacara bingah-bingah, ingkang limrahipun dados pasamuwaning tiyang siti, kados ta manawi ing tanah Jawi ngriki, sakatèn ing Surakarta, Ngayogya tuwin Cirêbon, tumrap ing Eropah samantên ugi, kados ta ing tanah Sêpanyol, punika wontên tatacara tiyang nanggulangi pangamuking banthèng, panggenanipun sampun dipun sadhiyani piyambak. Kalanipun makatên punika mèh tiyang sanagari sami dhatêng ningali sadaya.

[Grafik]

Dene patrapipun, banthèng wau sasampunipun dipun umbar ing kalangan, dipun beda ing tiyang mawi kêmul abrit, banthèng sumêrêp wêwarnèn makatên wau lajêng nêpsu nyarudug dhatêng tiyang ingkang anggêgalak, wusana lajêng dados ngamuk sayêktos.

Sasampunipun makatên lajêng wontên tiyang ingkang nandhingi sarana numpak kapal mawa dêdamêl pêdhang suduk, banthèng lajêng dipun prajaya, dangu-dangu ngantos dumugi ing pêjah. Nanging inggih botên kêkirangan tiyang ingkang manggih kasangsaran saking katêmpuh ing banthèng ngantos dumugi tiwas, ewadene botên pisan-pisan adamêl girising tiyang ing têmbe wingkingipun.

Tumrap tiyang ingkang unggul sagêd mêjahi banthèng, lajêng dipun urmati ing tiyang kathah saha dipun alêmbana.

Ingkang taksih tumindak makatên wau tumrap ing praja Sêpanyol wontên ing kitha Madrid tuwin Sevilla.

--- 976 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Ada-adaning Nagari Anggènipun Badhe paring Arta Sambutan dhatêng Panggaotan Pribumi

Sambêtipun Kajawèn nomêr 61.

Petruk : Ambalèni rêmbug lagi anu ing bab kaparênging nagara arêp ambantu marang panggaotane wong pribumi, kuwi sing lagi dadi panggalihan ana rong prakara, kang kapisan, apa pitulungan mau awujud aparing utangan dhuwit sarana anakan kang murah bangêt, kang kaping pindho...

[Grafik]

Garèng : Mêngko dhisi, Truk, dirêmbug saka siji, aja barêng-barêng kaya janggrungan kae. Nèk panêmuku, yèn pancèn nagara kagungan sêdya arêp paring pitulungan, iya kudu têtêp jênêng pitulungan, aja kok laire arêp tulung, nanging batine arêp mênthung, kaya sing wis dilakoni dening tanggaku Kenthol Ngantèn Kramamikalpa kae. Ing sarèhning diancam panggêdhe arêp dilêpas saka pagaweane, yèn ora bisa enggal-enggal ambalèkake dhuwit têtanggungane sing wis salah wèsêl anggone nanjakake, kuwi banjur anjaluk tulung marang sobatane ngisor galêng dhuwur galêng. Sobatane mau iya banjur bae awèh pitulungan sapira panjaluke, mung bae, ing sarèhning jarene dhuwit mau dudu wèke dhewe, le ambalèkake iya kudu ditikêli, lan kudu enggal-enggal wusanane kenthol ngantèn mau ora kapitulungan saka kasusahane, malah ngèsprès anggone tumuli kêjunglup ana ing guwa Kiskêndha. Lho, mêngkono gambare wong sing ditulung, nanging sanyatane dipênthung. Dadi nèk nagara têmên-têmên kagungan karsa arêp mitulungi paring utangan dhuwit, kuwi sokur bage tanpa anakan, nèk nganggoa anakan, iya kudu sing ènthèng bangêt, aja nganti nagara dibênum ing wong akèh dadi: tuwan t, t, t (t.t.t = tien twaalf terug) têgêse tuwan sing motangake f 10.- nanging baline kudu f 12.-

Petruk : Lho, kuwi rak banjur kêna diarani: wukêr, ya kuwi ngutangake dhuwit sarana anakan kang akèhe luwih saka mêsthi, kowe rak iya wêruh dhewe, nèk nagara tansah ambantu bangêt karo anane pakumpulan anti wukêr, yaiku sawijining kumpulan, kang sêdyane ananggulangi tindake lintah dharat, yaiku wong-wong

--- 977 ---

kang motangake dhuwit sarana anakan sing luwih saka mêsthine mau. Nèk nagara nganti nindakake mêngkono, ya kuwi nindakake wukêr, rak banjur ilang sêsêbutane: sabda pandhita ratu, awit nagara banjur nêrak wêwalêre dhewe. Wêruhe, Rèng, ama sing ambêbayani bangêt tumraping bôngsa Jawa kuwi, ora ana sing ngluwihi kayadene lintah dharat mau, mulane nagara iya wajib ananggulangi. Lan manèh, anggone nagara kagungan karsa arêp paring pitulungan ngutangi dhuwit, kuwi kiraku iya arêp ananggulangi tindaking lintah dharat mau.

Garèng : Hla, nèk mêngkono karsaning nagara, iya pancèn bêcik bangêt. Aku wis tau nêksèni dhewe, wong sing wis nang gênggêmaning lintah dharat, kuwi pancèn iya kocar-kacir têmênan, kabèh barang darbèke, diusungi dening lintah dharat sing diutangi, ya omahe, sandhangane, barang-barange, bêrase sing ana ing lumbung, mung korèng lan kudhise sing ora katut kêgawa lunga. Mulane nèk miturut timbanganaku, iya pancèn brêgas têmênan, dene nagara kagungan karsa arêp paring pitulungan ngutangi dhuwit mau, mung bae, murih sampurna anggone paring pitulungan, dhuwit sing arêp diutangake kuwi bok iya dipilihi, nèk cara sapine sing majêr kae.

Petruk : We, hla, kok banjur enake dhewe bae, sapi majêr kuwi sapi sing ora bisa manak, dadi karêpmu supaya nagara paringa utangan, nanging kudu tanpa anakan, suwe-suwe kowe anduwèni panêmu, supaya nagara maringi dhuwit lêlahanan bae. Kowe kuwi kok anèh, Rèng, Rèng, anggone nagara kapêksa nganani anakan, ora kok nagara arêp amburu kauntungan, nanging nagara kudu nganakake pungagwa sing diwajibake ngurus tumindake dhuwit sing bakal diutangake mau, kaya ta: ngurus kandhidhat-kandhidhat utang, kêna lan orane diutangi dhuwit, ngurus malêbu mêtuning dhuwit, lan isih ana manèh pagawean liya-liyane kang gêgayutan karo kuwi mau. Apa punggawa-punggawa mau mung arêp digawe gratis kabèh.

Garèng : Wah, hla nèk sêmang nganggo nganakake punggawa barang, têmtune anakane dhuwit sing diutangake iya ora bisa kanthi ènthèng, awit iya kudu anjupuk bôngsa Walônda sing ahli bab kuwi, sing balanjane wis têmtu sahohah kae.

Petruk : Nèk sing dipilih kanggo punggawa mau kudu bôngsa ahli, kuwi wis mêsthine, awit yèn ora mangkono, tumindake wis mêsthi bakal ora bêcik, nanging nèk kaya kandhamu sing dipilih mêsthi bôngsa Walônda, kuwi kaliru bangêt, awit pamarentah jaman saiki tumindake wis beda karo jaman biyèn-biyèn, saikine ora mriksa nyang bôngsa utawa kulit, sing dipriksani mung kapintêrane, dadi sanadyan bangsaku dhewe yèn kapintêrane bisa madhani karo bôngsa Walônda, iya bisa diangkat ing pagaweappagawean. kang pancène ditindakake dening bôngsa Walônda.

Garèng : Omongmu kuwi jarene iya pancèn bênêr, mung bae bab kiyi luwih bêcik aja dibanjurake, mêngko mundhak padha sêling-surup. Saiki aku wènèhana katrangan bae dhisik, kêpriye mungguh pangukure wong sing bakal bisa olèh utangan kuwi.

Petruk : Bab kiyi aku durung pati dhamang, mung

--- 978 ---

bae nèk duga-dugaku, iya gumantung mênyang lurah utawa priyayi kang ambawahake wong-wong sing arêp utang mau. Awit ya mung kuwi sing nyumurupi kaanane ing kono.

Garèng : Hara, sing kêtiban dhênggung iya mêksa priyayi pangrèh praja manèh, cilaka-cilakane pagawean kuwi mula iya ora ana kaya pagawean pangrèh praja, promosi ki nèk balanjane, pancèn iya nglênyêm, balik sing promosi kuwi pagaweane, apa ya ora mêndêm, wis pagawean lan têtanggungane sasayahe, kathik isih diwuwuhi thèthèk bêngèk mêngkono, andene sok akèh bae wong sing sok ngerang-erang utawa ngala-ala marang priyayi pangrèh praja, pancène rak malah ngalêmbana utawa kenene matur sêmbah nuwun, dene padha krêsa nglakoni, nèk bangsaku kabèh kiyi ora padha krêsa, têmtune rak kalakon Sinyo Wèlêm dadi astèndana utawa Bah Gêmuk dadi dara dana têmênan, nèk nganti kalakon mêngkono, banjur padha garundêlan. Lho, kuwi mungguhing priyayi pangrèh praja dadi wuwuh pagaweane. Tumrape sing utang, têmtune iya kojur, awit anggone arêp nyuwun utang, kudu lantaran carik desa, têmtune iya ora gratis. Kudu disêksèni lurah, iya nganggo rebelan wusanane...

Petruk : Wiyah, kok banjur dipadhakake karo apdhèling bang. Karo manèh ing ngarêp rak wis tak omongake, sing arêp diparingi utangan kuwi dudu uwong, nanging panggaotan, têmtune pranatane iya beda. Wis, wis, samene bae dhisik, liya dina padha dibanjurake.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Ing Bandhung wontên Walandi nama Tuwan Razouz Schultz tilar donya, tuwan wau sampun dangu sangêt anggènipun manggèn ing Bandhung, gadhah buku cathêtan ing bab babadipun kitha Bandhung. Ing sadèrèngipun ngajal, cathêtan wau dipun têdahakên kuwanuhanipun, saupami dipun wêdalakên badhe migunani, wusana sangajalipun buku wau botên wontên, dangu-dangu kasumêrêpan, salah satunggiling kuwanuhanipun tuwan ingkang ngajal nawèkakên buku, dipun awis f 500.- kintên-kintên buku wau pajêng f 1000.-

Miturut katrangan, kathahipun murid ing pamulangan-pamulangan Osvia ing taun 1927 putraning bupati wontên 24, anaking priyantun asistèn wadana minggah 168, anaking priyantun andhap 92, anakipun tiyang partikêlir 41, anaking golongan sanèsipun 21. Ing taun 1928 putra bupati 28, anak priyayi pangkat inggil 190, anak priyayi andhap 168, anaking golongan partikêlir 61, lan golongan sanèsipun 29. Ing bab punika nandhakakên kawontênanipun ing pamulangan wau majêng.

Benjing liburan wulan Mulud, kintên-kintên tanggal 11 dumugi 18 Agustus, up bêstir P.G.B. badhe ngawontênakên konprènsi saperanganing bêstir pang satanah Jawi, namung pilihan.

Sampun sawatawis dintên ing kabudidayan Sêntul, Jêmbêr, wontên mandhor nama Munajib, pasulayan kalihan asistèn kabudidayan nama Tuwan Simson. Mandhor dipun têmpiling lajêng ngunus lading dipun sudukakên Tuwan Simson kenging badanipun sisih kiwa, nandhang tatu mutawatosi. Jalaraning pasulayan prakawis kuli nêdha bayaranipun kirang 5 sèn.

Lulus dados Ind. Arts saking N.I.A.S. Surabaya, Nonah Surti Tirtatênaya. Punika wanita bôngsa Jawi ingkang dados dhoktêr kawitan.

Kawartosakên sêpur èlèstrik antawising Bogor kalihan Mèstêrkornèlês, botên sagêd rampung wontên ing tanggal 1 Nopèmbêr ngajêng punika.

--- 979 ---

Kawartosakên, sarêman arta ing taun 1928 ingkang katindakakên dening Weeskamer dipun têtêpakên 5%.

Wontên pawartos, ing wulan Agustus punika, kintên-kintên sampun wontên kêkancingan saking dhirèktur yustisi bab wontêning lotre agêng kados adat.

Ing sapunika kasumêrêpan, bilih têtiyang ingkang dados punggawaning S.K.B.I. kathah ingkang sampun nate dipun tahan ing pakunjaran Surabaya, gêgayutan kalihan ura-uru taun 1926, dados sami tiyang gadhah raos komunis, nanging botên wontên ingkang kangge wêwaton sagêd kokum. Ing Surabaya wontên tiyang ingkang kacêpêng cacah 11, ing Ngayogya 7. Dene bab pawartos bilih pakêmpalan wau gêgayutan kalihan P.N.I. botên nyata.

Ing bawah dhistrik Bandhongan, Magêlang tuwuh sêsakit malariyah, ngantos adamêl pêpêjah kathah, kangge ngêncêngakên tumindaking rêrigêdrêrigên. dipun wêwahi mantri malih, sapunika wontên 9, sabên dintên midêr-midêr dhatêng padhusunan ambage tablèt kinah.

Ingkang bupati ing Serang ingkang sapunika wontên ing Eropah, badhe wangsul wontên ing wulan Sèptèmbêr ngajêng, numpak kapal P.C. Hooft.

Wontên pawartos, wontên dhawuhing parentah supados andandosi griya-griya ing wêwêngkon paresidhenan Cirêbon, Indramayu, Priyangan wetan tuwin Priyangan têngah, ingkang sami kamanah anbêbayaniambêbayani. tumrap sêsakit pès.

Paduka pokrul jendral andhawuhakên dhatêng Gupêrnur Sumatra, supados nahan prèpèntip dhatêng Mr. Kusuma Sumantri, pangajênging P.N.I. Miturut titipriksan, pinanggih cihna ingkang kagayutan komunis, saha sampun nindakakên wontên ing Amsêtêrdham kala taun 1923 kalihan Tuwan Sêmaon, sapunika badhe katindakakên wontên ing Medhan. Ing pangintên tuwan wau botên sande badhe kasingkirakên.

Ing pasisir sakidul Banyuwangi panggenanipun tiyang pados ulam ing Grajagan, wontên baita Tionghwa cacah 8 iji sami labuh wontên ing papan ingkang botên wontên ombakipun. Mênggah kajêngipun, kajawi pados sarang burung ugi pados tigan pênyu. Nanging sadèrèngipun kalampahan, têtiyang pados ulam ing ngriku badhe nanggulangi, wusana bôngsa Tionghwa wau lajêng angoncati bêdhol jangkar.

Ing sapunika pakunjaran enggal ing Padhang sampun rampung panggarapipun, kala tanggal 24 Juli kêpêngkêr wontên tiyang 100 saking kunjaran ing Glodhog ingkang kapindhah dhatêng Padhang, sami têtiyang komunis, dipun irit ing saradhadhu 35 tindhih ondêr upsir. Tiyang ukuman wau ingkang 25 kadèkèk ing kunjaran enggal.

Pakêmpalaning ajung lanbao konsulèn badhe gadhah atur dhatêng parentah, punapaa têka mawi dipun bedakakên, tumrap ingkang Walandi kalêbêt ing sêkal C (B.B.L.) sarêng ingkang tiyang siti botên. Dados tumrap ajung lanbao konsulèn bôngsa Walandi dipun samèkakên kalihan ingkang wêdalan nagari Walandi, môngka pangajaran punapa-punapanipun sami kemawon.

Tiyang nama Kramadimêja ing dhusun Piring, Ngayogya kidul, griyanipun kêbêsmi têlas kawan wuwung. Sarêng dipun titipriksa, griya wau dipun bêsmi dening tilas mantunipun èstri, jalaran dipun pêgatakên kalihan bojonipun ingkang taksih dipun trêsnani, saha lajêng dipun rabèkakên malih. Pasakitan lajêng dipun tahan. Dados sanadyan èstri ugi gadhah kuwantêran kados makatên, ingkang jalaran kêcuwan ing manah.

Kawartosakên, ing Jawi Wetan tuwuh sêsakit typhus sagawon, ingkang kêtingal ing bawah Kêdhiri tuwin Madiun, kathah sagawon ingkang pêjah.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 3809 ing Cijaringo (Sukabumi). Wisêl f 3.- sampun katampèn. Lumêbêting buku makatên: f 0.50 kangge bayar tunggakan wulan April, ingkang f 2.50 kangge lêngganan malih wiwit Ogustus dumugi Dhesèmbêr 1929, dados ing wulan Mèi - Juli panjênêngan botên kapetang dados lêngganan.

Lêngganan nomêr 32 (Tuwan Karim) ing Cimahi. Pambayaran sadaya sampun kula tampi sarta lêrês. Wontênipun botên kapacak ing Kajawèn, jalaran pranatan ingkang makatên wau samangke sampun kasuwak. Dados manawi botên prêlu sangêt botên dipun wangsuli. Kawuningana.

Lêngganan nomêr 984 ing Ambahrawa. Bale Pustaka botên sade.

Wangsulan saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 2524 ing Ngayogya. Asarêng punika gambar-gambar kintunan panjênêngan ingkang botên kapacak ing Kajawèn kakintunakên wangsul, makatên ugi kintunan panjênêngan gambar 3 iji bab kawontênan ing rêdi Gamping, amargi botên kenging kadamêl kêlise, kirang cêtha.

Tuwan Indanu ing Ngunut, Tulungagung. Gambar corèk kintunan panjênêngan botên sagêd kapacak ing Kajawèn, kamanah kirang prêlu. Bale Pustaka sampun gadhah tèkênar piyambak. Gambar kakintunakên wangsul.

Tuwan S. Wiyana ing Ngayogya. Eman sangêt gambar kintunan panjênêngan botên sagêd kapacak, amargi kirang cêtha. Kakintunakên wangsul.

Lêngganan nomêr 1700 ing Munthilan. Kintunan panjênêngan gambar botên sagêd kapacak, amargi kirang cêtha.

--- 980 ---

Wêwaosan

Sêrat Bayan Budiman

Karanganipun Mas Arjawiraga.

16.

[Kinanthi]

satamating aturipun / kaki tuwa tan kaèksi / sang pangeran nulya tindak / kacariyos duk nèng margi / kêpapag wanita endah / umatur nêdya tutwuri //

sang pangeran mung jumurung / datan pisan nyulayani / nulya alaju ing lampah / praptèng têpi blumbang uning / kodhok cinaplok ing sarpa / kodhok dahat amlasasih //

badan ing sakojur ajur / rah dleweran angêbêsi / nanging sawêr datan pisan / adarbe wêlas ing ati / kodhok kongsi tanpa daya / ciptanira amung mati //

apan duk samana wêruh / sang pangeran anèng têpi / kodhok nulya asêsambat / gusti kula nyuwun urip / luwarna wisesèng sarpa / ingkang anggung amisakit //

lawan malih gusti ulun / kalangkung susah kapati / yèn ta ngantos datan uwal / adhuh gusti kadospundi / anak rabi tamtu pêjah / tan wontên kang wèh rijêki //

karaos ing galih têrus / pangeran ngandika ririh / wis ta sarpa êculêna / kowe wêlasa sathithik / yêkti sira nêmu arja / nguripi sasami-sami //

sarpa alon dènnya matur / dhuh-dhuh gusti kadospundi / yèn kodhok amba êculna / kula amanggih pituni / awit kodhok wus kacipta / dados têdha anak rabi //

yèn gusti adrêng ing kayun / mugi parêng anglintoni / têdhanipun kulawarga / sang pangeran nuli ngiris / daginging pupu priyôngga / pinaringkên sarpa aglis //

dyan inguwalakên sampun / sarpa dahat sukèng ati / daging ginondhol lon-lonan / pinasrahkên maring rabi / kanthi pratela prasaja / yèn dagingira sang pêkik //

dahat kampita ing kalbu / sarpa èstri duk udani / kanggêg ing tyas sanalika / lan dahat gunging prihatin / dyan nênuwun mring Hyang Suksma / amrih bangkit dadya janmi //

ywa pisan nêmahi luput / kolu nêdha daging janmi / pan ing ngriku tinarima / punang sarpa dadya janmi / nulya sowan sang pangeran / saparan nêdya tut wuri //

canthoka ugi sumusul / mangkya wus awarni janmi / samana laju ing lampah / tan wontên pringganing margi / janma catur atut wuntat / ing sêmu karênan sami //

tindakira angêlangut / wusana anjog nagari / sang pangeran dèrèng wikan / nênggih nagari ing pundi / pan katuju duk samana / kêpapag ing kyai patih //

ki patih nambramèng wuwus / dhuh ingkang nêmbe kaèksi / parênga kula têtanya / punapa ta anggèr inggih / satriya saking ngamônca / ing sêmu sampun kêtitik //

lan kula sajarwa tuhu / yêktosipun kula inggih / pêpatih nagri punika / ngêmban timbalaning gusti / kinèn pados minta sraya / kang sakintên angêntasi //

dene ta jatining prêlu / ngatên wiyosipun nguni / nuju sawijining dina / sri nata lêlangên kali / sêsupe agêm narendra / marucut kêcêmplung warih //

wus dèn upaya aguyup / sinlulupan jroning warih / nanging mêksa tanpa karya / têmah sêkêl sri bupati / sri nata nulya angagnya / janma kang bangkit ngêntasi //

saking panyawang satuhu / ing sêmu andika yêkti / bangkit angêntasi karya / lah sumôngga kula irit / lan mênggah pangintên kula / andika badhe kapilih //

dados mantu dalêm prabu / dhaup kalawan sang putri / putranipun sri narendra / kang namung satunggal êthil / mugi kasêmbadanana / kula tumut amêmuji //

sang pangeran kerit sampun / dhinèrèkkên kyai patih / sowan ing ngarsa narendra / sri nata andangu nuli / apa sira kang kaduga / angupaya singsim mami //

yèn sira sayêkti saguh / lawan angêntasi kardi / ingsun saguh angganjara / dhaup lawan nini putri / pangeran matur sandika / sri nata rêna ing galih //

sri nata nulya adhawuh / sasmita marang sang putri / kadi karsa jêng sri nata / amung tumungkul sang putri / nulya mêdal sang pangeran / wêwarta mring kang kinanthi //

kang janma catur ing sêmu / samya kawuryan prihatin / nulya dhawuh sang pangeran / maring janma kodhok nguni / kadhawuhan angupaya / ywa kongsi datan pinanggih //

janma canthoka ing dangu / dahat dènira prihatin / piniji ing gustinira / kang môngka pamalêsing sih / apan ta ing sanalika / warni canthoka lir nguni //

dyan bêblês ing tirta slulup / têkèng sadhasaring kali / titi dènira ngupaya / sagon-ênggon dèn upadi / samana pinanggih nulya / singsim nèng sela sumlêmpit //

nuli ginondhol jumêdhul / cinokot wontên ing lathi / colot-colot marêk sowan / dyan cinandhak sang apêkik / kang singsim katon gumêbyar / kadi gêbyaring kang thathit //

tan srônta sowan malêbu / angunjukkên singsim aji / dupi praptèng ngarsa nata / tinampèn sri nata nuli / pan anggung sinawang-sawang / kanthi rênaning panggalih //

ananging mangkya sang prabu / atêmah cidra ing janji / tan nêtêpi dhawuh nata / kadi kang kawijil ngarsi / pan amung paring ganjaran / awarni rajabrana di //

kang makatên yêktinipun / tan mawèh rênaning ati / tumrapipun sang pangeran / gêganjaran kang kadyèki / mung anggung dadya gagasan / dene nata anyidrani //

tanapi pra mitranipun / ugi tan tarimèng ati / kalamun ta winênangna / arsa mêlèhkên sang aji / wêkasan mung anarima / asrah mring kang maha luwih //

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 63, 1 Mulud Taun Ehe 1860, 7 Agustus 1929, Taun IV

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [981] ---

Ôngka 63, 1 Mulud Taun Ehe 1860, 7 Agustus 1929, Taun IV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Sawangan ing Albani

[Grafik]

Albani punika satunggiling karajan ing tanah Balkan. Ing ngriku kathah sangêt sêsawangan ingkang nêngsêmakên. Para maos sagêd nguningani piyambak mirid saking wujuding gambar ing nginggil punika.

--- 982 ---

Badan Sapata Angidêri Buwana

Sêdyaning lampah saking Indhonesiah, dhatêng Eropah, Mêsir, Amerikah, Jêpang, Tiongkok, tuwin Hindhustan.

(Kakarang dening Mustapha, wontên ing kapal "General Metzinger")§ Kajêngipun anggènipun ngarang nuju wontên salêbêting kapal General Metzinger, inggih punika lampahipun saking Singgapura dhatêng Marseille. Red.

Kula sampun tampi Kajawèn No. 45, ngêwrat prakawis badhe lampah kula angidêri buwana. Sangêt bingahing manah kula dene Kajawèn sampun anggiyarakên pikajêngan kula, nanging kauningana, kula kalilana matur, sadhèrèk ingkang ngarang lêlampahan kula wau ragi kêladuk anggènipun nyariyosakên. Kados ta wontên têtêmbungan: kados sintên kemawon sagêd amastani bilih piyambakipun kêdunungan tekad ingkang linangkung. Lha, punika ah botên wontên tekad linongkang-linangkung, malah kula mastani, sanadyan sintên kemawon manawi gadhah kêkêndêlan tuwin purun, tamtu sagêd anglampahi.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar margi prapatan ing kitha Singgapura.

Para maos bokmanawi sampun nate maos sêrat: Met een kwartje de wereld rond utawi Met een dubbeltje de wereld rond, dene ing sapunika manawi wilujêng para maos badhe sagêd nguningani cêcariyosan:

Badan sapata angidêri buwana.

Sapunika kula badhe miwiti nyariyosakên lêlampahan kula sadumugi kula ing Singgapura. Tanggal 31 Mèi, kapal Siberg bidhal saking

--- 983 ---

Tanjungpriuk, tanggal 2 Juni wilujêng dumugi ing Singgapura.

Sarèhning kula dèrèng gadhah têtêpangan satunggal-tunggala, dados lajêng anjujug ing hotèl rumiyin, nanging namung sadintên, bayaraning hotèl sadintên $ 2.- (kalih dholar), kintên-kintên f 2.80. Saking hotèl kula lajêng pindhah dhatêng griyaning satunggalipun padpindêr ing ngriku, laminipun 7 dintên. Wusana pindhah malih dhatêng Volunteer Club (pakêmpalan militèr preman Vrijwillegers), wontênipun kula sagêd manggèn ing ngriku awit kathah Volunteer ingkang dados pangagênging padpindêr.

[Grafik]

Saking Singgapura dhatêng Malaka sagêd alampah sarana margi sêpur saha têtumpakan sanès-sanèsipun.

Sadumugi kula ing Singgapura, kula lajêng sowan ing pangagênging padpindêr ingkang dêdalêm ing Johore, matur punapa pikajêngan kula, tuwin nyuwun pitulungan saprêlunipun. Nanging kula ragi alit ing manah, amargi mirêng manawi pangagênging padpindêr mêntas tampi tilgram saking Bandhung, inggih punika saking padpindêr N.I.P.V. manawi kula botên prêlu kabiyantu, awit Jong-Java Padvinderij dèrèng Internationaal tuwin kula kapratelakakên satunggaling: Communist.

Bab makatên wau botên namung damêl susah kemawon, ananging ugi damêl gumun, dene wontên padpindêr ing Indhonesiah ingkang gadhah pamanahan makatên, môngka padpindêr N.I.P.V. manawi kula botên kêlintu, adêgipun sampun langkung 10 taun, sabên dintên kawulangakên: Een padvinder is een vriend van een anderen padvinder, onverschilig tot welke maatschappelijke klasse die andere behoort. (Têgêsipun: padpindêr punika kêdah mêmitran kalihan sanèsing padpindêr, saha botên kenging amawang têtiyanganipun). Ewadene sanadyan wontên kula ing Singgapura nama wontên nagari mônca tuwin tanpa kônca, nanging manah kula têtêg kemawon.§ Tuwan Mustapha mugi sampun angèngêti dhatêng ewah-ewahan sêratan punika, tuwin sampun dados panggalih dene dipun ewahi sawatawis. Ingkang prêlu namung anglairna saraosing panggalih, sampun cêkap. Red.

(Badhe kasambêt)

--- 984 ---

Bab Rajakaya

Nangkarakên Rajakaya tuwin Amblastêrakên

Sarèhning ngingah kewan punika prêlu kapilala asilipun, kados ta: kangge tarikan, tumpakan, pragatan, kapêndhêt puhanipun, wulu lan sapanunggilanipun, pramila kêdah pados ingkang sagêd anyêkapi kabêtahan wau.

[Grafik]

Lêmbu Bênggala

Kangge tarikan kêdah ingkang badanipun kiyat, bêbalunganipun agêng, pupuk daging, botên nakal, botên asring ambêrung, yèn lêmbu ingkang punukipun agêng, badan bagean ngajêng prakosa, lan sapanunggilanipun.

Kangge tumpakan ingkang gêgêripun kiyat saha cêlak, sukunipun trincing, dhadhanipun jêmbar, gulunipun kandêl, daging tuwin otot-ototipun kiyat.

Kangge pragatan ingkang gampil sagêdipun lêma.

Kangge pêrêsan ingkang dêrês puhanipun.

Kajawi sagêd anyêkapi kabêtahan ing nginggil, ugi kêdah kababarakên supados sagêd dados kathah, inggih punika sarana kajodhokakên. Dene ambabarakên wau supados taksih sagêd anyêkapi kabêtahan ing ngingginnginggil. [nginggi...]

--- 985 ---

[...n] kêdah ngupados bibit ingkang dipun kajêngakên.

Sampun têtela yèn sadaya turun punika kawontênanipun mêndhêt saking bapa lan saking biyung, kathah sakêdhikipun botên ajêg, nanging limrahipun mèh sami, kangge upami inggih punika: lêmbu Jawi golonganing lêmbu alit, sarta wulunipun abrit sêmu jêne, yèn kablastêrakên kalihan lêmbu Bênggala, golonganing lêmbu agêng lan wulunipun pêthak, punika turunipun dados langkung agêng tinimbang lêmbu Jawi sarta wulu kathah ingkang pêthak tinimbang jênenipun.

Kapal sandêl golonganing kapal alit, badanipun singsêt lan sukunipun trincing, wangunipun sae, plajêngipun bantêr, yèn kablastêrakên kalihan kapal Ostrali, golonganing kewan agêng, turunipun dados agêng, wangun lan warninipun wontên antawisipun kewan kalih wau, makatên ugi kalakuanipun. Dados botên ngêmungakên wangun lan warninipun kemawon.

Lêmbu Walandi utawi Ostrali èstri punika ingkang kêlimrah dêrês puhanipun, lêmbu Jawi botên. Manawi lêmbu wau kapacêk dening lêmbu jalêr Jawi, yèn nurunakên èstri benjing wêdaling puhan sok kirang dêrês katimbang biyungipun, samantên ugi kosok-wangsulipun, yèn lêmbu èstri Jawi kapacêk dening lêmbu jalêr Walandi, yèn nurunakên èstri benjing langkung dêrês puhanipun katimbang lêmbu Jawi asli.

Dene kapal ingkang nakal, purun nyakot, manawi kangge tarikan asring mogok, utawi ambêrung, punika turunipun ugi sok makatên, pramila tumrap tiyang ingkang sênêng nangkarakên rajakaya kadosdene tiyang bumi Madura ingkang sampun kula têrangakên, ngupados bibit punika dados pikiran ingkang prêlu piyambak. Lêmbu pêmacêk ingkang sampun nate niwasakên ingkang gadhah utawi pangènipun jalaran kasundhang, utawi yèn kakêrabakên asring mlèncèng plajêngipun, punika kathah ingkang botên purun macêkakên.

Kajawi sabab-sabab ingkang tuwuh saking pun bibit, ugi wontên sabab susulan, upaminipun pêdhèting lêmbu Ostrali utawi Walandi ingkang dados bajang, ingkang asriasring. kula sumêrêpi ing kandhang pêrêsan tanah Jawi ngriki, punika sababipun saking kirang saening pamiyara, kirang puhan ingkang kasukakakên jalaran prêlu kasade, sarta kirang sae têdhanipun, utawi botên sagêd subur jalaran botên cocog hawanipun.

Lêmbu èstri Jawi ingkang kapacêkakên lêmbu Bênggala, pêdhètipun trêkadhang botên dados agêng, punika sagêd ugi nalika wontên ing kandhutan biyungipun kirang sae pamiyaranipun, utawi salah satunggiling wiji ngriku wontên ingkang kadunungan sêsakit.

Ugi wontên kapitadosan nalikanipun biyung ngandhut, kagodha dening salah satunggiling sabab kados ta: kaplêngkang, ingkang lampahipun lajêng dados ekar, utawi kajarag lan kagiri-giri, ingkang lajêng dados giras, punika benjing lajêng tumus dhatêng pun anak ingkang taksih kakandhut.

Suryadi.

(Badhe kasambêtan)

--- 986 ---

Jagading Wanita

Bab Olah-olah

Karang winanci

Amêndhêta ulam ayam sakaparêngipun, dipun kêthok-kêthoka. Ulam dhadha mênthok satunggal punika kakêthok-kêthoka dados 4 têngkêl. Manawi sampun lajêng angrajanga brambang, bawang sacêkapipun, lajêng kagorènga ing lisah klêntik wontên ing wajan waja, tuwin kadèkèkana kêthokan lombok abrit, anggènipun ngêthoki sabên lombok 1 dados kalih. Manawi anggènipun anggorèng wau sampun satêngah matêng, ulam ayam kêthokan wau kauworna sarta lajêng kagorèng malih, tuwin dipun tutupi. Manawi ulamipun sampun ragi sawatawis jêne lajêng kaêsurana ing toya tawa sacêkapipun, sarta kabumbonana: sarêm, mrica, pala, gêndhis, sami kaulêga ingkang lêmbat lajêng kabumbokakên, tuwin kadèkèkana kecap, cokak, manis jangan dipun wêtahakên sakêdhik, cêngkèh 1 jodho. Lajêng kagodhog sarta dipun tutupi malih. Manawi umobipun sampun molak-malik, tuwin kantun nyêmêk-nyêmêk, tumuntên kadèkèkana mêrtega sawatawis lajêng kaêntasa.

Dadar bèrtun

Manawi damêl dadar ingkang dipun wastani dadar bèrtun punika makatên: anyacaha ulam ayam ingkang lêmbat, sakaparêngipun, sarta soon ingkang sampun dipun wedangi, kakêthok-kêthoka ingkang cêlak-cêlak, ngantos kados dipun rajang, lajêng kabumbonana: brambang, bawang, mrica, jintên, tumbar, kêmiri, pala, traos, gêndhis, kunir bakaran sakêdhik. Bumbu wau inggih namung mawa-mawa kathah sakêdhikipun ingkang dipun olah kemawon, kaulêga ingkang lêmbat, lajêng kacarupna ing ulam tuwin soon wau, tumuntên kagôngsaa ing lisah klêntik sakêdhap. Manawi sampun lajêng kadèkèkana santên kanil sakêdhik sarta kagodhoga, kawêwahana godhong jêram purut 1 lêmbar, irisan bonggol sêre sakêdhik, salam tuwin laos sakêdhik. Manawi sampun êsat lajêng kaêntasa rumiyin. Tumuntên ngublaka tigan ayam, sakaparêngipun. Lajêng kadadara ingkang tipis wontên ing wajan waja, ingkang sadèrèngipun sampun dipun usar-usari lisah utawi mêrtega. Manawi sampun kadadar tipis, olah-olahan ulam tuwin soon wau kadèkèkna ing sanginggiling dadaran wau sarta kabuntêlna ingkang ngantos botên kêtingal, lajêng kawolak-walika, manawi sampun lajêng kaêntasa. Wondene bonggol sêre, godhong jêram purut, salam laos wau ing sakdèrèngipun kêdah kabucal rumiyin.

Dadar krêtês

Mêndhêta daging ulam ayam dipun cacah ingkang lêmbat, lajêng ngulêga bumbu: brambang, bawang, sarêm, mrica,

--- 987 ---

sami sawatawis, lajêng kabumbokna ing cacahan ulam wau. Tumuntên ngublaka tigan ayam sakaparêngipun dipun bumboni bawang sarta sarêm sakêdhik. Ulam wau lajêng kauworna dados satunggal, tuwin kaublaka malih, manawi sampun lajêng kadadara ingkang kandêl. Anggènipun anggorèng wontên ing wajan waja, sarta mawi martega.

Dadar sitrun.

Dadar sitrun punika makatên: ngublaka tigan ayam sakaparêngipun, nanging jêne sarta pêthakipun dipun piyambakakên, dados kaublaka piyambak-piyambak. Manawi sampun lajêng ngulêga bumbu, inggih punika: sarêm, bawang, mrica, sami sawatawis, lajêng kabumbokna ing tigan wau. Tumuntên ngrajanga brambang ingkang ragi kathah, saupami tiganipun tiga, anggènipun ngrajang brambang 12 iji, lajêng kagorènga ing wajan waja mawi lisah klêntik. Manawi sampun satêngah matêng kaêntasa, kauworna ing ublak-ublakan tigan wau, sarta pêthak tuwin jênenipun kauworna dados satunggal lajêng kaublaka malih, ingkang ngantos mumbluk. Lajêng kadadara mawi lisah utawi martega.

Lapis ulam.

Amêndhêta daging lêmbu wawrat sakati dipun gêpuki, lajêng kadhèndhènga ingkang tipis-tipis, sarta kabumbonana, inggih punika: bubukan mrica 1 sendhok alit, gêrusan sarêm 2 sendhok alit, bubukan pala ½ sendhok alit, ngrajanga brambang 20 iji, kecap 1 sendhok agêng, toya jêram pêcêl 1 iji, manawi botên inggih cokak 1 sendhok alit. Bumbu-bumbu punika sadaya lajêng kaulêta dados satunggal kalihan daging wau, sarta dipun dèkèki martega. Lajêng katataa wontên ing wajan waja dipun wur-wurana bubukan roti bêskuwit lajêng katutupana sarta kalatonana, manawi sampun dipun wolak-walik lajêng kasirama duduh kaldhu. Tumuntên kagorenga malih ngantos bumbunipun rumasuk, nuntên kaêntas.

Risolês.

Anggodhoga ulam ayam 1, manawi sampun lajêng kapêndhêtana dagingipun sarta kacacaha ingkang lêmbat. Tumuntên ngrajanga brambang 10 iji dipun gorèng mawi martega 2 sendhok agêng, glêpung gandum 1 sendhok agêng dipun worakên anggôngsa lajêng dipun suri kaldhu (godhogan ulam) kadèkèkana bubukan mrica 2 sendhok alit, cokak 1 sendhok agêng, sarêm sacêkapipun. Manawi sampun sat lajêng kabuntêlana ing dadaran tigan. Dene dadaran tigan wau ingkang kadamêl namung tigan kaublak kadekekan sarêm sakêdhik, anggènipun ambuntêli agêngipun sak rèk dipun gupak-gupakakên ing bubukan roti bêskuwit. Lajêng dipun gorèng ing wajan waja mawi lisah klêntik.

Pun, Rus.

--- 988 ---

Kawruh Sawatawis

Kawilujêngan ing Margi

Kabêkta saking majênging jaman, ing pundi-pundi ingkang nama margi agêng, tamtu katingal rêja, kajawi jalaran saking kathahipun tiyang lumampah, ugi jalaran saking kathahing têtumpakan kareta, dhokar, pit, oto tuwin sanès-sanèsipun.

[Grafik]

1. Tataning pulisi jagi ing margi.

Bab rame saha rêjaning panggenan ingkang kados makatên wau sagêd mikantuki dhatêng lampahipun tiyang pados têdha, wêkasan sagêd adamêl tata têntrêming nagari, awit nama sampun dados kanthinipun, dhatênging têdha punika sarana nyambut damêl.

Mênggahing tata têntrêming nagari punika tansah dipun galih murih lêstantunipun dening ingkang wajib, inggih punika parentah, kados ta manawi nuju wontên sêsakit, dipun udi murih têtiyangipun sami sêgêr kasarasan, sarana nindakakên panulak dhatêng tiyang utawi sarana rêrêsik papan panggenan tuwin bab sanès-sanèsipun. Lajêng kenging dipun cêkak, wosipun ngudi katêntrêman.

Ing sapunika ngrêmbag bab ingkang gêgayutan kalihan kawilujêngan ing margi, kosok-wangsulipun ing bab kasangsaran, kados ta tiyang kêtumbuk têtumpakan, punika tumrapipun ing jaman sapunika kalêbêt limrah, sabên dintên botên wontên lowongipun, sêrat-sêrat kabar sami ngêwrat bab kasangsaran ingkang kados makatên wau. Makatên ugi parentah inggih tansah nindakakên rêrigên caraning nyêgah kasangsaran wau, inggih punika matah pulisi jagi wontên ing margi ingkang rame, saya malih ing prapatan, punika sabên ing kitha tamtu wontên.

Nanging kadospundi malih, kasangsaran tiyang ingkang jalaran kêtumbuk têtumpakan punika tansah wontên kemawon, mila ing bab rêrigên tumindaking panjagi inggih tansah dipun udi sampurnanipun.

Dene sabab ingkang gêgayutan kalihan bab wau wontên tigang prakawis, inggih punika: pulisi jagi, tiyang ingkang nglampahakên têtumpakan, tuwin tiyang ingkang lumampah inggih tiyang ingkang manggih kasangsaran. Pancènipun tigang prakawis punika manawi sagêd tumindak lêrês, bokmanawi sagêd nêbihakên [nêbiha...]

--- 989 ---

[...kên] dhatêng kasangsaran.

Bab wajibing pulisi ingkang jagi, punika botên prêlu kapratelakakên mênggahing cara-caranipun, awit pancèn sampun nindakakên wajib sarana pathokan ing bab suka tôndha, nanging tumraping ngakathah kêdah nyumêrêpi kajêng-kajênging tôndha ingkang katindakakên dening pulisi wau, kados ta:

1. Manawi tangan dipun acungakên manginggil lêrês, atêgês têtumpakan ingkang wontên pundi kemawon kêdah kèndêl (upaminipun pulisi ngadêg ing prapatan, têtumpakan ingkang saking ngajêng wingking, kiwa têngên kêdah mandhêg sadaya). Punika tiyang kêdah mangrêtos, awit pulisi ingkang jagi wau nindakakên prêluning kawilujêngan, sampun kanthi pamanahan ingkang amrih wilujêng. Wajibipun sadaya inggih sami mandhêg.

2. Tangan ingkang dipun acungakên dhatêng ngajêng lêrês, suka tôndha têtumpakan ingkang dhatêng saking lêrêsing tangan wau kêdah kèndêl.

3. Tangan ingkang dipun acungakên utawi dipun ebah-ebahakên ngiwa nêngên, suka tôndha bilih têtumpakan ingkang lampahipun sami kalihan ênêring tangan wau kenging lumampah.

4. Tangan ingkang kaebahakên minggah mandhap, nandhakakên lampahing têtumpakan kêdah alon.

Ing bab nginggil wau tiyang kêdah mangrêtos dhatêng kajêngipun (mriksanana gambar 1).

[Grafik]

2. Caranipun kusir nyukani tôndha.

Tumrap tiyang ingkang nglampahakên têtumpakan, inggih kêdah nindakakên tôndha:

1. Manawi badhe menggok ngiwa, kêdah ngacungakên tangan dhatêng sisih kiwa.

2. Manawi badhe menggok nêngên, kêdah ngacungakên tangan dhatêng sisih têngên.

3. Manawi badhe kèndêl, ngacungakên tangan manginggil lêrês.

4. Manawi badhe lumampah alon, tanganipun kawêdalakên lan kaebah-kaebahakên minggah mandhap.

Sadaya wau dados tôndha prayogi sangêt tumrap dhatêng sadayanipun (mriksanana gambar 2).

Sapunika tumrap tiyang lumampah, punika pancèn wajib sangêt anyumêrêpi tuwin mangrêtos dhatêng cara-cara ingkang kados makatên wau, awit mênggahing limrahipun, ngrêtosipun wau namung saking kulina, botên sarana dipun sumêrêpakên, beda kados ingkang sampun kapratelakakên ing nginggil, pulisi lan juru nglampahakên, pancèn kawajibakên sumêrêp. Dados saupami têtiyang lumampah mangrêtos dhatêng tôndha-tôndha wau nama manggih pitulung agêng. (Badhe kasambêtan)

--- 990 ---

Waosan Lare

Nagara Mirasa

IX. Rêrusuh ing Nagara Karangagung

[Gambuh]

saiki saya mumbul / wis misuwur bupati pinunjul / sarupaning pagawean angrampungi / mênyang pangadilan putus / nyang kaprajuritan manggon //

radèn tumênggung mau / bangêt olèh êsihe sang prabu / tan alèrèn angandika rina wêngi / prakara sing prêlu-prêlu / kabèh bisa rampung maton //

lêlakon ngono mau / nganti gawe gumune sing krungu / ingatase wong anyar dadi bupati / ing samubarang kacakup / mung tumindak kanthi alon //

nadyan akèh sing mathuk / mêsthi ana sing rada marêngguk / kang mangkono uwis lumrah ngêndi-êndi / sabên ana wong sing entuk / mêsthi ana wong sing ngontor //

mung yèn dipikir jujur / ora ana bêgja tiba ngawur / salawase kabêgjan sing anêkani / tumibane mêsthi mathuk / uwis têtêp lan amanggon //

mung sing wêruh sok blawur / ora ngrasa yèn atine kuwur / awit buthêk rasaning ati sing bêning / têmêne mangkono mau / kalêbu pikiran groboh //

bênêr mungguh panêmu / gagasane sing mêmikir mau / yèn dilaras lan rasaning pikir drêngki / bangêt gone ora mathuk / kabêgjan gêdhe samono //

awit nyatane mungguh / yèn golèka ya ana sing saguh / anggêr uwong gêlêm kon dadi bupati / lan bab wêruhe ing prêlu / sabên uwong bae enjoh //

pikir sing ngono mau / salawase mêsthi tansah kliru / awit mêsthi lumuh bangêt angèlingi / bêciking wong sing dirêmbug / mung ala bae sing ketok //

kocap ana tumênggung / yèn ing kono uwis aran dhênggung / samubarang gawe apa bae ngrêti / mung yèn karo patih têluk / dening kabèh sarwa kasor //

mungguh bupati mau / ing batine bangêt kurang mathuk / mênyang Wêkêl anggone dadi bupati / mung ewa sabên kêpêthuk / nadyan alon nanging mlengos //

sangsaya barêng wêruh / nyang sang prabu bangêt gone wanuh / gumlêdhêging ati nganti kaya gêni / upama wênanga nyuduk / mêsthi wani nyuduk ngênggon //

panasing ati wuwuh / dhèk bupati mau nuju wêruh / Wêkêl mundur saka ngêndikan kêtitik / gêmbèlènge saya kaduk / sasat ngasokake uwong //

ambarêngi dhèk mau / bupati sing ewa lagi nuju / caos ana sajêroning sri manganti / nganti dhèhèm barêng wêruh / karo ngampirake alon //

Tumênggung Wêkêl wêruh / yèn nèng kono ana sing ruh-aruh / banjur mingêr mêndhêg mung kaya nganthuki / lan tumuli mara saguh / mlaku anggalèlèng alon //

sawise mapan lungguh / bupati sing caos aruh-aruh / taksih enjing adhi wau saking pundi / dene kêtingal kêsusu / mêdal saking ing kadhaton //

wis dadi watak mathuk / sastra wursitane iya entuk / wong kang salin busana iku sing mêsthi [mê...]

--- 991 ---

[...sthi] '/ wiragane salin katut / salin asma salin batos //

mungguh karêping têmbung / wong yèn salin sandhangane iku / sapolahe sok ketok nganyar-anyari / apês tangane sok ngêsut / jarik sing tiba ing bokong //

yèn salin jênêng iku / ing têgêse munggah pangkat dhuwur / mêsthi bae ing ciptane iya salin / nanging mungguh Wêkêl mau / saline ora mangkono //

mung salin cipta punjul / ing têgêse ati ora jujul / mula barêng ana pitakonan kuwi / parêmpênge iya mêtu / nuli amangsuli alon //

inggih kamas tumênggung / anggèn kula kêtingal kêsusu / awit saking kulina wiwit ing alit / botên sagêd klunah-klunuh / kêdah rikatan kemawon //

dene pandangunipun / kamas wau sajak sêmu gumun / dupèh taksih enjing kula ngambah ngriki / punapa ing galih sêmu / nyamarakên ing kadhaton //

yèn mênggah têmênipun / angandikan lan kangjêng sinuhun / sintên ingkang lumuh pun timbali gusti / sanadyan ta têngah dalu / kêdah bingah lair batos //

anggone clathu mau / karo mandêng tanpa obah bakuh / bupati sing caos banjur anakoni / lêrês pun adhi tumênggung / pancèn kulina ing kraton //

kula mung sèwu sukur / dene kula agadhah sadulur / rintên dalu sagêd kagêm dhatêng gusti / mung sakêdhik kula nyaru / yèn tindak bok ragi alon //

sukur ragi tumungkul / awit tumrap ingkang sampun atul / yèn sumêrêp tiyang ngambah sri manganti / kang sajak botên tumungkul / katingalipun kok awon //

saya tumrap tumênggung / ingkang sampun anama prayagung / pantês sangêt ing patrap kêdah ngewahi / Wêkêl nalikane ngrungu / parêmpênge bangêt ketok //

mangsuli alon sêru / e, e dados pun kula kêsiku / dipun cacad ragi kirang tatakrami / inggih sakalangkung nuwun / ewaha benjing kemawon //

wis ora nganggo ewuh / Wêkêl banjur mundur tanpa cluluk / karo nyêmbah: dene sing disêmbah kuwi / dudu bupatine mau / nanging nyêmbah nyang karaton //

barêng wiwit lumaku / gêmbèlènge malah kaya wuwuh / bupati sing caos saya ngigit-igit / nanging wêkasane nglunthung / mung rumasa tansah kasor //

ing suwe-suwe rikuh / lan tumuli duwe atur konjuk / yèn kaparêng nyuwun mingsêr nyang prajurit / tumuli kalakon rampung / tuwin mingsêr dadi mayor //

kocapa ing dhèk mau / ana warta ing jaba kêrungu / yèn saiki ana rêrusuh andadi / tular-tumulare wuwuh / mèh ngangsêg cêdhak kadhaton //

nuli sang prabu dhawuh / ngundurake ramening rêrusuh / dene mungguh sababe mangkono kuwi / awit nuju ora mêtu / têgal garing sawah lowoh //

dadi uwonge bingung / padha ngungsi agolèk pangan mung / nanging sabab saka bangête le ngêlih / dadi panêmpuhe mau / êmbuh mung anggêre ngêmplok //

wadyabala sing mlaku / ngundurake rêrusuhan mau / yèn mangalor: sing kidul nuli miwiti / yèn ngungsir sing sisih kidul / umrik manèh sing sisih lor //

tindak kang mangkono mau /Lebih satu suku kata: tindak mangkono mau. nganti suwe durung bisa rampung / nadyan dudu pêpêrangan gawe pati / ananging ya ora wurung / ora nêntrêmke karaton //

malah ing samar tuwuh / ora wurung dadining rêrusuh / mêsthi bakal tegan-tegan gawe pati / mula ing mêngko sang prabu / ing galih tansah kuwatos [kuwato...]

--- 992 ---

[...s] //

nuli ngandika mlêbu / kyai patih Wêkêl iya katut / sang aprabu nuli angandika lirih / priye bapa panêmumu / ing bab rêrusuh sing ngradon //

ki patih alon matur / ing sasagêd inggih dipun êsuk / awit nyata tiyangipun nyênyamari / sami têgêl lan apurun / ngatên aturipun mayor //

sang prabu manthuk-manthuk / lan ngandika bênêr ngono mau / awit lumrah mungguh wataking wong cilik / yèn diêmong sok ngêlantur / ratune arêp diêmplok //

priye sira tumênggung / Wêkêl nuli nyêmbah alon matur / inggih lêrês pancèn makatên pun alit / kêdah pun kaduki gêbug / mindhak mung tuman kemawon //

ananging yêktosipun / saupami ratu botên landhung / namung sêrêng dupèha sarwa kêdugi / têmbenipun botên wurung / damêl awoning lêlakon //

mênggah prayoginipun / ing sarèhning sababipun namung / bab prakawis wêtêngipun sami pêrih / yèn sirnaa pêrihipun / inggih lajêng sagêd manggon //

mênggah sarananipun / ing sasagêd ratu kêdah andum / kêmirahan waradinipun rijêki / bokmanawi sagêd tulung / tiyang kathah sami ngrêtos //

sang prabu nuli dhawuh / kaya bênêr panêmumu iku / wis ta patih kang bisa nindakke nuli / lan mataha si tumênggung / anindakna bèn kalakon //

tumuli padha mundur / rêrêmbugan padha nganti galur / ing bisane kalakon kang kanthi bêcik / sawise matêng ing rêmbug / Wêkêl nuli mundur bodhol //

Rêmbagipun Bancak lan Dhoyok (Pênthul lan Têmbêm)

Pênthul : Hêm, wancine isih esuk, kêpenake kudu mêthêngkruk, lungguh anèng kursi dhudhuk, ombèn-ombènane wedang bubuk, pacitane gêthuk, wah, rasane wis mêsthi mathuk. Sasuwene thênguk-thênguk, dilalah ana rôndha têka thumuk-thumuk, rupane ayu lêmu ginuk-ginuk. Bungahing atiku sagumuk, awit dadia timbanganaku ya mêsthi mathuk, aku banjur bae wotak-watuk, nanging barêng tak ingak-inguk, gêgêr sing katon ngrênggunuk, jêbul punuk, tur ora mung lara watuk, malah rada kaworan mêngguk.

[Grafik]

Wiyah, kok banjur dhêmên anggagas-gagas, kaya wong sing pikirane ora waras, luwih bêcik nêmbanga mêsthi iya brêgas, nèk-nèke banjur ana prawan atur-atur bêras, têkane tur sarwa macak kêras, tapih lan kulambine katon laras, wicarane tatas, têmbunge nèng aku thik, ngêmas, êmas, wadhuh, nang ati le mak kranyas. Bawane wong pangajaran, sanajana arêp têtêmbangan, iya kudu sing mathuk karo jaman kamajuan, nanging sarèhning bôngsa kêjawan, yèn arêp ngêtokake uran-uran, kudu ora ngêmungake ing bab kalairan, iya [i...]

--- 993 ---

[...ya]

kudu ora kêna lali ing bab kabatinan, awit sing diarani uripe olèh kasampurnan, kuwi wong sing nyukupi mungguhing kadonyan, lan sing nyumurupi dalane mênyang jaman kalanggêngan. Wis tak wiwitane gonku ura-ura, bêcike tak milih Dhangdhanggula, supaya sabên uwong bisa ngrasa, apa karêpe sing sanyata. Ing sarèhning pakeanku cara Lônda, tur dudu Lônda ala-ala, ning Lônda sing ngudi nyang kridhaning angga, mulane sing tak anggo ura-ura, ing bab padpindêr kang sêtya, awit ing saindênging bawana, lakuning padpindêr saiki kang lagi dialêmbana.

[Grafik]

Awit asmaning kang Maha Asih / prasêtyaku lair batin tênan / nganti salawas-lawase / aku nglakoni kudu / nyang sabarang sing jênêng wajib / Allah karo nagara / ping pindho têtulung / wong kang nêmoni bêbaya / ora nganggo ngèlingi awan lan bêngi / ping têlu nurut prentah.

Têmbêm : Brênti, brênti, tidhak bolih bikin rame-rame dhi sini, ini dhi kota Bêtawi, têmpat orang igama sêjati, tidhak bolih nyanyi-nyanyi, mêlainkên sêmbayang dhan mêngaji, dhunia musti dhijauhi, cuma akerat yang dhiingini.

Pênthul : E, kathik cara Mlayu, anggone elik-elik nyang aku, ya wis mêngkono saradane bangsaku, lagi lêlungan ing taun kang kaping têlu, omong Jawa wis tidhak mau.

Têmbêm : Hi hi hi, apa ya Pênthul ta kiyi, tiwas tak cara Mlayu Batawi, sapa wonge sing ngrêti, wong rupane dadi malih saiki, rada kaya sapi sing digêbiri, ning dudu awake sing gêdhi, mung irunge mligi. Tak sawang-sawang ya layak, yèn kiyi Pênthul alias Bancak, ning yèn andêlêng anggone macak, angèl anggonku matak, apa iya wong sing kawak, apa anak-anak, nèk dêlêng sadhuwuring awak, êndhase buthak, raine rusak, irunge bundêr kaya kluwak, cangkême mangap kaya cangkêm mênyawak, ya katon kaya wong sing wis kaplak, nanging nèk dêlêng jase bukak, kathoke cêndhak, pancèn kaya isih anak-anak, mula iya wis dadi watak, saiki kiyi jamane walik-wolak, wong tuwa ngemba anak. Akèh bae nyonyah sing wis anak-anak, ora ming siji ning têrlalu banyak, panganggone lêngêne cêndhak, roke cêkak.

Pênthul : Kang Dhoyok kiyi kok wis kulina, dhêmên ngala-ala, marang sapadha-padha, bok iya ngelingana, yèn mangkono iku dosa. Nanging wus dadi saradane wong nang donya, nèk dosane wong liya, sanadyan mung sathithika, enggal banjur dikôndha, nanging gêdhening dosa, sing têmèmplèk nang awaknya, sanadyan gêdhe sagunung Muria, ora pisan-pisan rumasa. Upamane tak côndraa, Kang Dhoyok manganggo cara Lônda, pancèn iya ora kêna diwada, panganggone sarwa tata, tur sajak luwih saka prasaja. Nèk sinawang sêpatunya, wis kapara nyata, yèn wêton Surabaya,

--- 994 ---

nèk dêlêng clananya, wis katara, dudu wêton tanah Jawa, kombor-kombor têtela, yèn wêton nagara Cina. Jase bukak nyara Amerika, dhasine dawa, sajak ngilat baya, thik ora lali nganggo kêmeja, kancinge lima, topine wis nyata, wêton Paris kana, nèk nitik panganggonya, pancèn tan kêna dèn wada, iku kapara nyata, yèn wujude Walônda blaka, mung ana prakara sawatara, kang gawe beda, karo bôngsa Lônda, yèn diaranana kaya ta: lumrahe yèn mripat Lônda, kuwi siwêr kaya mutiara, mripate Kang Dhoyok ambaliyut katara, irunging Lônda, kuwi bangir lan dawa, irunge Dhoyok rada beda, têka trèpès sajak disêtrika, kok sajak kulina, akèh-akèhe wong Jawa, yèn wis manganggo cara Lônda, ora eling-elinga, yèn Si Wônda nyata beda.

Têmbêm : Wis, wis, Bancak kiyi pancèn wong najis, yèn ana wong manganggo katon prêsis, cangkême banjur muni ngêcuwis. Wêruha kabèh kiyi bêstelan saka Paris, mulane nèk dianggo katon nècis, ora pantês yèn kowe banjur criwis, mundhak katara yèn watêkmu sajatine: phis. Mara saiki kowe tak takoni, gajêge kowe biyèn ngawula kangjêng gusti, ing Mangkunagaran nagri, saiki kowe jêbul cêlila-cêlili, têka ana ing Batawi, apa kowe pancèn diusir wani, apa diutus ing kangjêng gusti, mara têrangna nyang aku saiki.

Pênthul : Mungguh sanyatane, têkaku ana ing Batawi kene, ora saka karêpku dhewe, nanging saka dhawuhe kangjêng gusti pêpundhène, kawula Mangkunagaran sakabèhe. Mungguh dhawuh dalêm mangkene: e, Bancak pangkata dina kiye, mênyanga Batawi kuthane, jujuga omahe Petruk arane, kang nyambut gawe ing Kajawèn jênênge, rewang-rewangana pagaweane, supaya mundhak bêcik isine, kalawarti Kajawèn arane. Bawane wong dadi abdi, apa dhawuhe tak sêndikani, sanadyan ing sajroning ati, rumasa ora kêconggah nglakoni, mulane saka panuwunku saiki, muga-muga para kang nupiksani, kalawarti Kajawèn iki, yèn ana galap lan gangsuling ukara lan isi, dèn padha kasdu aparing pangaksami.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Sarekat Ambon ing Surabaya mêntas parêpatan, ngrêmbag bab badhe ngêdalakên organ, dipun jênêngi dening Mr. Lotuharhary tuwin Dr. Tomohela. Organ dipun namakakên Haloean.

Kantor pabeyan ing Surabaya mêntas nahan buku basa Jêpan ing bab pêrgêrakan kaum buruh. Buku wau pancèn kangge coban-coban kalêbêtakên ing kitha ngriku. Buku wau sapunika kakintunakên dhatêng Batawi badhe kapriksa.

Pawartos ing bab anggèning Gupêrnur Pormosah badhe dhatêng Indhonesiah, punika botên wontên pawartosipun malih, amargi gupêrnur ingkang jumênêng sapunika badhe lèrèh.

Pambantu Kajawèn ing Kudus kintun pawartos, wontên lare nama Sudarman, umur 14 taun, ing kampung Dhalangan, dipun têtakakên, ngêdalakên rah langkung kathah, wusana andadosakên ing tiwasipun.

--- 995 ---

P.N.I. apdhèling Ngayogya mêntas damêl parêpatan umum, ingkang dhatêng ing parêpatan kirang langkung wontên tiyang 1500. Mr. Suyudi mêdhar sabda, ing bab wartos ing sêrat-sêrat kabar Walandi, bab panjênênganipun dipun cariyosakên dados adpisiring S.K.B.I. punika dora, nanging lêrês panjênênganipun nindakakên prakawis partikêlir prêluning warga-warga S.K.B.I. Tuwin mêdhar sabda sanès-sanèsipun ing bab prêluning P.S.I. Mr. Sastra Amijaya mêdhar sabda ing bab tumindakipun pakêmpalan Indhonesiah.

[Grafik]

Ing wêkdal punika tumrap para ulah raga ing tanah Jawi, tansah umyung angraosi dhatêng têmpuhipun sawung putbal Loh Hua team kalihan sawung-sawung ing tanah Jawi. Ing nginggil punika gambaring para sawung Loh Hua team nalika dhatêng wontên ing palabuhan Tanjungpriuk.

Tèntunsêtèlêng têtanèn ing Sukabumi sampun kalampahan kabikak. Ingkang kapitongtonakên ing ngriku: pêpêthak kêbon tèh, kinah, karèt, jagung tuwin sayuran warni-warni, sadaya sami plêk kados kêbon sayêktos. Wontên malih satunggiling krêtêg, ing kiwa têngênipun wontên balumbangan-balumbangan ingkang dipun ingahi ulam gêsang. Ing sisihipun wontên patamanan sêkar mawi umbul mancur sakalangkung nêngsêmakên. Kajawi punika ugi mitongtonakên caraning ngupakara asil siti kados ta: karèt, tuwin tèh, tumrap tèh, wiwit nanêm ngantos dumugi dipun ombe. Kajawi punika ugi mitongtonakên ing bab kagunan sanès-sanèsipun.

Muhamadiyah bagian P.K.O. ing Banjarnagara mêntas nindakakên anêtaki lare-lare yatim, wragadipun kanthi dipun padosakên darma.

Kaangkat dados asistèn wadana tèrbêskiking ing kantor Adviseur Inl. zaken Mas Irlan Sastradijaya, Asistèn Wadana Pacèt, Cianjur, dados ing sapunika wontên amtênar tèrbêskiking kalih, anggêntosi wadana Harun Al Rasid, satunggalipun jaksa Jombang. Dene bab pisê kongsul Walandi ing Jedah kathah ingkang sami gadhah panuwun, ingkang kathah amtênar saking golongan pangrèh praja, jaksa, ajung jaksa tuwin wontên ingkang wêdalan saking pamulangan luhur pangadilan.

Kêmpalaning tiyang ing Tarakan, Borneo mêling songsong mas saking toko Sida Maju ing Surakarta rêgi f 1809,- Songsong wau sapunika sampun rampung, badhe kapisungsungakên dhatêng Sultan ing Bulungan, anyarêngi jumênêngan.

Wontên usul saking satunggiling warga rad kawula, punapa botên wontên ingkang kenging kangge wêwaton ing bab ngawontênakên milisi Tiyonghwa, ing sasampunipun bôngsa Tiyonghwa ing Indhonesiah kasamèkakên kalihan bôngsa Eropah. Prêlunipun manawi wontên bêbaya pêrang sagêd ngajêngakên amtênar sipil bôngsa Tiyonghwa. Lan ugi wontên warga sanès-sanèsipun usul supados dipun wontênakên milisi tiyang siti. Tumrap warga sanès-sanèsipun botên nayogyani dhatêng wontênipun milisi tiyang siti. Sagêd ugi jalaran saking gêgayutan kêkirangan arta.

--- 996 ---

Wêwaosan

Sêrat Bayan Budiman

Karanganipun Mas Arjawiraga

17.

[Kinanthi]

nanging adiling Hyang Agung / dènira paring pêpeling / kacarita ing kadhatyan / kèh janma pating jalêrit / anangisi sang kusuma / anandhang gêrah kapati //

dene ta ing purwanipun / cinakot sarpa sang dèwi / kang dahat wèh kasamaran / kataman ing wisa mandi / kawuryan wus tanpa daya / kadi kapati aguling //

dupi uninga sang prabu / dahat kampitèng ing galih / kyai patih tinimbalan / enggal-enggala ngupadi / kang dadya usadanira / mrih nulya waluya jati //

ki patih alon umatur / nuwun nuwun inggih gusti / kawula namung sandika / mung rèhning kalangkung gati / kêdah nuntên kalêksanan / yèn kadangon nêniwasi //

dene ing pangintên ulun / ingkang bangkit ngusadani / datan wontên liyanira / kajawi janma ing nguni / kang manggihakên kalpika / punika tamtu ngrampungi //

nanging amba rangu-rangu / lamun kongsi tan kadugi / amargi paduka cidra / datan nêtêpi ing janji / andhaupkên lawan putra / karsa tuwan kadospundi //

sang aprabu nulya dhawuh / patih dhawuhna tumuli / yèn nini putri waluya / ingsun dhaupkên tumuli / kyai patih dyan umentar / lan pangeran wus pinanggih //

nulya andhawuhkên sampun / pangeran ugi nyagahi / nanging badhe têtarosan / minta panimbang kang titi / maring sangyanirèng kônca / ing wusana golong sami //

pangeran nulya malêbu / ingirid sowan sang putri / dupi pangeran uninga / dahat wêlas ing panggalih / kocap janma kanthinira / kang asli sarpa ing nguni //

sanalika santun wujud / dadya sarpa lan nyêlaki / pasareyannya sang rêtna / kang tatu cinucup nuli / apan sirna sanalika / sanggyaning wisa wus mijil //

sang putri wungu angungun / mung kadi arasa ngimpi / lan dupi uning pangeran / karaos lingsêm ing galih / sri narendra nulya prapta / angrangkul maring sang putri //

nulya angandika arum / bangêt sukur ingsun nini / dene ta sira waluya / janma iki kang nulungi / mula nuli kalakona / angêmong mring sira nini //

mangkana cinêkak sampun / apan wus dhaup sang putri / danguning kang pasamuan / kongsi kawan dasa ari / lulus tanpa sambekala / ing têmbe gumantya aji //

wus palêstha dongèngipun / bayan awacana aris / punika nyai wus cêtha / janma kang sêtya ing ati / marang ing tindak utama / bagyanira atut wuri //

upami pangeran lumuh / yêkti mung tansah nêmahi / winasuh salaminira / mila sayogi pun galih / ing bab têtêping kotaman / ywa kongsi manggih tan manis //

9. Putri nata ingkang tansah nyedani kakungipun.

[Dhandhanggula]

Nyai Jenab anggung amèngêti / mring sadaya critaning kukila / dahat agung pakolèhe / tan kêndhat antuk tutur / kang nênuntun amurih eling / nanging wantuning daya / kang tuwuh mring luput / kalamun dipun tandhinga / rosanira tindak luput tansah ngêndhih / gampil ing tuwuhira //

marma lamun kongsi dèn oncati / siningkiran pêpèngêt kotaman / cêpak cakêt tan wurunge / makatên yêktinipun / nadyan Jenab tansah ngèngêti / mring sanggyèng tutur nyata / kang dèn ucap manuk / ananging ing kalanira / katamaning rasa luput anumusi / karasa sanalika //

punang bayan wus ngrasa ing ati / mulat maring sêmuning bandara / yèn tuwuh panggraitane / nulya ririh amuwus / kang araras lagon ngèlingi / maring kyai sudagar / kongsi nganyut-anyut / nyai sudagar karasa / dyan anyakêt lawan alon mitakoni / sira lêlagon apa //

bayan alon dènira nyauri / inggih nyai mung kangge sambenan / timbang mikir kana-kene / pituwasipun suwung / lah ta môngga lênggah ing ngriki / kula arsa carita / punapa ta kêsdu / mirêngkên caritanira / putri nata kang anggung amêmatèni / marang ing kakungira //

nyi sudagar dahat sukèng ati / bayan nulya miwiti carita / nguni wontên ratu gêdhe / darbe putri linangkung / yèn padosa lumahing bumi / tan wontên nimbangana / dene putri wau / pan wus wongsal-wangsul krama / lan pangeran kawan dasa kirang siji / nanging samya sinedan //

datan pisan wontên kang andugi / paran ingkang dadya karsanira / dene ta tega-tegane / mênggahing patrapipun / kalanipun nyidra ing laki / dèn êrut kang sarira / wusing singsêt kukuh / têgêl bae sinedanan / datan pisan wanita ajrih ing gêtih / malah dadya karênan //

gêntos kocap wontên ratu luwih / darbe putra kakung mung sajuga / sri nata dahat asihe / samana pangran ngrungu / lamun wontên putri linuwih / têgêl nyedani garwa / pangeran kumênyut / apan arsa angèngêtna / bokmanawa tindakira mitulungi / têmbe lulus anggarwa //

saking dahat sru ciptaning galih / rajaputra sowan ingkang rama / lamun sri nata marêngke / karsa nglamar sang ayu / lan ginarwa salami-lami / sri nata duk miyarsa / tan rêna ing kalbu / malah anggung kasamaran / umèngêt mring pra pangeran kang nêmahi / seda asiya-siya //

sri narendra nulya mêmalangi / nanging datan pisan ngêndhihêna / marma tinurutan mangke / samana budhal sampun / sang pangeran lir lampah grami / lampah ingkang baita / tinut angin tulus / dupi praptaning dharatan / sang pangeran datan laju mring nagari / nulya masuh sarira // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 65, 8 Mulud Taun Ehe 1860, 14 Agustus 1929, Taun IV

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1013] ---

Ôngka 65, 8 Mulud Taun Ehe 1860, 14 Agustus 1929, Taun IV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Rêdi Cikurai

[Grafik]

Gambar nginggil punika gambar rêdi Cikurai katingal saking Cisurupan (Garut)

--- 1014 ---

Pawartos Wigatos

Nata ing Siyêm

Sambêtipun Kajawèn nomêr 64

Ing Kajawèn nomêr 64 sampun anyariyosakên ing bab babadipun praja Siyêm dumugi jumênêngipun Prabu Shao Phya Chakri, mênggah salajêngipun kados ing ngandhap punika:

Sajumênêngipun nata Prabu Shao Phya Chakri, tumraping praja Siyêm, upami wanci kadosdene wanci enjing, pêpadhangipun ing langit sampun katingal, têtiyang tilêm sampun wanci tangi badhe tumindak ing damêl, botên namung badhe karuntêlan wontên salêbêting kêmul. Wontênipun dipun pindhakakên makatên, awit sang prabu lajêng tumindak ing damêl, tataning praja katindakakên angemba kamajêngan cara kilenan, cara-cara kina ingkang botên mikantuki, sami dipun bucal, dipun santuni gagrak enggal, ingkang salaras kalihan jaman kamajêngan.

[Grafik]

Para têtiyang Siyêm sami nanêm pantun ing sabin.

Tindak makatên wau lêstantun saya majêng. Sarêng dumugining abad ingkang kaping 19 ingkang jumênêng nata Prabu Maha Mongkyt, inggih punika ing taun 1851-1868, ing ngriku saya wêwah kamajênganing praja, amargi praja Siyêm lajêng angwontênakên sêsambêtaning pulitik kalihan praja-praja kilenan, saha lajêng damêl prajanjian warni-warni kalihan praja Inggris, Amerikah, Prasman, Walandi, Jêrman, tuwin sanès-sanèsipun. Ing prajanjian wau amratelakakên sawarnining padagangan saking môncapraja dhatêng nagari Siyêm namung dipun kengingakên beya 3%. Beya wau tumraping pêpetangan, kalêbêt botên sapintêna, dene wontênipun makatên, jalaran praja Siyêm sampun nganggêp mikantuki, amargi kala samantên dèrèng bêtah arta. [ar...]

--- 1015 ---

[...ta.] Nanging sarèhning kamajêngan punika inggih kanthi ngindhakakên waragad, dangu-dangu kawontênan ingkang makatên wau saya ewah, punapa malih sarêng ingkang jumênêng nata Prabu Chulalonkorn, anggèning nindakakên kamajênganing praja kanthi dipun santosani sayêktos, anêtêpakên bôngsa kilenan kapatah dados adpisiring kabêtahan praja, inggih punika juru adamêl panimbang sawarnining prêlu ingkang badhe dipun wontênakên ing praja Siyêm, ingkang murih majêng lan migunani tumraping praja. Sajumênêngipun sang nata wau lajêng damêl margi-margi sêpur, padamêlan-padamêlan gupêrmèn dipun ewahi cara kilenan, kitha Bangkok dipun wangun gagrag enggal.

Sarêng kawontênaning praja tumindak kados makatên, bêtahipun arta lajêng langkung kathah, saha salajêngipun kathah sangêt tiyang ngamônca ingkang sami dêdunung wontên ing kitha Bangkok, lan têtiyang wau sami botên kawêngku ing pangadilan paprentahan Siyêm, makatên malih ugi kathah têtiyang asli jajahan Eropah ingkang manggèn ing Bangkok, ingkang ugi botên kêwêngku ing pangadilan paprentahan Siyêm. Dene wontêning têtiyang ingkang ngambara anjrak ing ngriku punika sami têtiyang asli ing Gatan, wêkasan damêl karibêtaning paprentahan Siyêm.

[Grafik]

Gajah kangge ngangkati balok.

Kawontênan ingkang kados makatên wau, anjalari anggèning praja Siyêm saya sêngkut nindakakên ajênging prajanipun, dene ingkang dipun kajêngakên, sagêda angewahi prajanjian-prajanjian lami wau, lan tataning pangadilan dipun ewahi cara Eropah, ngicali wontêning rencang tumbasan, dipun wontênakên pangajaran cara kilenan tuwin sanès-sanèsipun. Ewadene tindak ingkang kados makatên wau, pikantukipun inggih botên andêmênakakên, saha salajêngipun tumindak ngantos jaman pêcahing pêpêrangan ing Eropah.

Sarêng ing taun 1917 karajan Siyêm anggolong dhatêng Amerikah, Inggris sagolonganipun, saha lajêng mêngsah dhatêng praja Jêrman, kala samantên praja Siyêm nama sampun sajajar anunggil damêl kalihan praja ingkang katingal ing jagad. Ing sasirêping pêrang praja-praja ingkang nunggil golongan wau unggul ing yuda, praja Siyêm ugi nama katut tumut unggul, saha lajêng tuwuh gadhah panêdha dhatêng praja sanès-sanèsipun, supados kawontênaning prajanjian lami dipun ebrakakên.

Panêdhanipun karajan Siyêm ingkang makatên wau tinampèn ing karajan sanès-sanèsipun, saha Amerikah ingkang nuladhani adamêl ebraning prajanjian, wusana beyaning palabuhan dipun mardikakakên, kajênging mardika wau, karajan [karaja...]

--- 1016 ---

[...n] Siyêm kenging nindakakên beya botên kados ingkang sampun. Wiwit punika praja Eropah sanès-sanèsipun inggih sami tumut kemawon. Dene wontênipun sapunika praja Siyêm pinanggih mardika babarpisan, saha dados warganing Volkenbond tuwin dados warganing bêbadan pangadilan donya ing Den Haag.

Jalaran saking kawontênaning praja Siyêm majêng, ing sapunika wontênipun tiyang mônca ingkang cêpêng damêl nagari namung sakêdhik, limrahipun ingkang nyambut damêl ing pakaryan gupêrmèn namung bôngsa Siyêm piyambak, namung ing bab pangudi kawruh utawi kawruh kadhoktêran, punika ingkang nyambut damêl ing ngriku taksih migunakakên bôngsa Eropah, lan ing Ministerie sajawining jajahan ugi wontên, adpisiripun bôngsa ngamônca ingkang nyambut damêl ing ngriku.

[Grafik]

Nalika nata Siyêm dumugi ing Tanjungpriuk

[Grafik]

Nata Siyêm rawuh ing pura Konêngsêplèin.

Ing ngajêng sampun kacariyosakên, bilih siyêm punika praja Budha ingkang mardika, punika pancèn nyata, têtiyang Siyêm sami ngrasuk agami Budha. Dene cacahipun têtiyang ing praja Siyêm punika wontên sadasa yuta jiwa, punika ugi kaworan tiyang Islam, Tionghwa, Anam, tuwin bôngsa Laos (bôngsa Siyêm ingkang taksih prasaja, agaminipun beda sangêt), ewadene paprentahan Siyêm botên ngaru-biru dhatêng agamining tiyang sanès, punapa malih tiyangipun Siyêm piyambak, sarèhning agaminipun Budha, mila botên purun marduli dhatêng tiyang ingkang sanès agami. Milanipun tumrap ing bôngsa Siyêm botên wontên ingkang kèrêm dhatêng agaminipun. (Badhe kasambêtan)

--- 1017 ---

Waosan Lare

Nagara Mirasa

XI. Kêsèd Diboyong Patinggi

[Mêgatruh]

Ambalèni carita sing wis kêpungkur / Kêsèd wis satêngah mati / klesedan ana ing gubug / wong sing wêruh angarani / patute mung kari mocong //

akèh uwong sing têka nganti gumrudug / ananging sing akèh kuwi / mung padha muni gumrumung / ora niyat anulungi / malahan guyune ketok //

ana manèh patrape wong sing kêladuk / malah angunèn-unèni / dadi ora pisan thukul / duwea wêlas sathithik / wis ngono wataking uwong //

nanging pancèn nyata mungguh Kêsèd mau / wis kêtitik bola-bali / bêgjane tansah dumlundung / ora ketang mung sadhelit / kêrêpap diwêlasi uwong //Lebih satu suku kata: kêrêp diwêlasi uwong.

ing dhèk mau ana wong wis rada ngumur / iya milu anyêdhaki / karo muni alon nyaru / priye ta karêpmu kuwi / wong akèh mung padha nonton //

o aranmu padha ora wêruh prêlu / ana uwong arêp mati / mung padha nonton arubung / mênèh ana anjêgigik / aja kuwi ora ilok //

iki harak jênêng wong nêmu têngadur / yèn wajibing uwong kuwi / kudu têtulung yèn wêruh / yèn koguyu dudu mêsthi / iki rak dudu lêlucon //

banjur mak cêp ora ana sing sumaur / malah lunga pating kliwir / wise sêla uwong mau / banjur nyêdhak ngêmèk-mèki / awak anyêp kaya dêbok //

mung ing dhadha kêkêtêge isih dhug dhug / lan ambêgan kêmpis-kêmpis / yèn mirid saka ing wujud / kêtitik wong waras-wiris / mung saka bangêt katlangso //

rêrikatan tumuli mulih anjukuk / sêga angêt ana cêthing / kukuse isih kumêlun / lawuhe sambêl kêmiri / nganggo dilalabi terong //

wise cêdhak kukusing sêga malêbu / nyang irunge Kêsèd nuli / krugêd-krugêd karo watuk / banjur tangi gregah wahing / ing sawise dhêlog-dhêlog //

bangêt kurmat wong tuwa sing têka mau / nuli anyuwara lirih / môngga gèr dhahara sêkul / kenging kangge jampi pêrih / mung lumayanan kemawon //

sanalika Kêsèd isih ngrasa kukuh / ora gêlêm anglakoni / mêmangan sing ngono mau / dianggêp têmbene buri / darajade mundhak asor //

ngono mau satêmêne dadi laku / ora ketang mung sathithik / nanging jênênge ya laku / ing kono kêsèd tumuli / muluk sêga alon-alon //

êmung kanggo nyarati uwong sing lungguh / aja nganti dadi ati / awit wong yèn nampik puluk / têgêse nampik rêjêki / banjur sok ora kêprêgok //

nuli clathu inggih paman sangêt nuwun / dene kula pun paringi / samantên kemawon cukup / yèn kathah botên kuwawi / wêtêng kula sangêt kothong //

uwong mau ing batine rada gumun / lan ngira yèn kuwi pyayi /

--- 1018 ---

dene mungguh uwong mau / têtuwa pangkat patinggi / wong ing kono padha ngayom //

nuli kôndha ora nganggo ewah-ewuh / anggèr yèn kaparêng mugi / karsaa dhatêng ing dhusun / sampun èwêd ing panggalih / pun bapa bingah kemawon //

Bagus Kêsèd ing sapakone mung nurut / tumuli diirit mulih / sawise nèng desa mlêbu / Kêsèd angalêm ing ati / Ki Patinggi jêbul jêndhol //

duwe omah gêdhe-gêdhe sugih lumbung / ing latare kêbak pari / kêbone pating galuntung / nèng payoman anggayêmi / ramening lêsung dhang dhung dhong //

bangêt gone patinggi duwe panjaluk / supaya Kêsèd lêstari / têtêp anèng kono mau / malah dianggêp saiki / uwong sing kramate ketok //

wis mangkono watake uwong sok kliru / anggêr ana warta clumik / uwong têka banjur mak byuk / suruh ayu gêdhang bêcik / têkane wis tanpa dikon //

lan sing munjung sêga putih iwak ingkung / pating pêkungkung ngêbaki / karêpe wong-uwong mau / padha anjaluk pamuji / murih sêdyane kalakon //

dhèk samana Kêsèd ing batin angguyu / anèh têmên aku iki / dene banjur kaya dhukun / kon adol iduku putih / ngene eloking lêlakon //

ing saiki Kêsèd panêmune thukul / yèn ngono bisa lêstari / mêsthi bali ginuk-ginuk / malah ngungkuli sing uwis / mula banjur wiwit cekoh //

bat-bêt rampung ingkung nganti ngundhung-undhung / bablas êntèk digadhoni / cêthing-cêthing nganti suwung / êntèk karo didhèhèmi / gêdhang landhung las-lês lolos //

barêng Kêsèd ketok cakut ngono mau / wong-wong padha ambungahi / ki patinggi nganti sujud / anggêpe kaya anggusti / Kêsèd êmung plênggang-plênggong //

ki patinggi nuli ngadhêp lan angguyu / anggèr kados kang kuwawi / sagêda jumênêng ratu / wontên ing nagari ngriki / kula mpun mantêp yêktos //Kurang satu suku kata: kula sampun mantêp yêktos.

Kêsèd clathu kula paman ngantos gumun / saking kula botên ngrêti / punapa ta kajêngipun / dene têtiyang ing ngriki / suyud dhatêng kula yêktos //

ki patinggi alon anggone calathu / makatên kula criyosi / pancèn elok sakalangkung / tatane nagari ngriki / punika criyos sayêktos //

têlêngipun kitha ngriki namanipun / nagari Mirasa inggih / mila nama ngatên wau / awit wontêning nagari / pancèn inggih kaduk elok //

mêdhot rêmbug mungguh bab nagara mau / bêcik wara-wara dhisik / supaya ora kêbacut / wong akèh padha ngarani / yèn sing ngarang tukang ngobrol //

êmung entuk aran wacan bocah mathuk / dikoki umuk sathithik / ya nadyan rada kêladuk / kêblabak le adol uni / môngsa bodhoa ing kono //

____________________

Nglêrêsakên kalêpatan. Ing Kajawèn nomêr 64, ungêl-ungêlan sangandhaping gambar ingkang mungêl: Kadhatos ing Siyêm, lêrêsipun: Upacara pambêsmi mayit ing kadhaton Siyêm.

--- 1019 ---

Darmawisata

Badan Sapata Angidêri Buwana

Sêdyaning lampah saking Indhonesiah, dhatêng Eropah, Mêsir, Amerikah, Jêpang, Tiongkok, tuwin Hindhustan.

(Kakarang dening Mustapha, wontên ing kapal "General Metzinger")

Sambêtipun Kajawèn nomêr 63.

Kêrêp kemawon manawi kula lingak-linguk botên sumêrêp lèr kidul, tuwin anjingglêng ningali kar, satunggaling padpindêr ingkang mangangge partikêlir nyakêti saha pitakèn Please, what can I do for you (Kula punapa kaparêng suka pitulung dhatêng sampeyan) mêsthi kemawon kemawon kula bingah ing manah.

[Grafik]

Kawontênan ing lèpèn utawi baita-baita ing Singgapura.

Nyulap ing sêkolahan-sêkolahan.

Wontên ing sêkolahan-sêkolahan, kula dipun tampi kanthi suka ing manah, tuwin ing pundi-pundi sami nyukani Certificaat prakawis ingkang kula pitongtonakên, ing sakawit kula kangelan sangêt ginêm Inggris ing Singgapura, awit basanipun basa Inggris totok, nanging dangu-dangu ugi sagêd anyandhak.

Ing sakawit kula ugi ragi lingak-linguk manawi ginêman Malayu Johore, awit kalihan basa Malayu Indhonesiah sanès sangêt, nanging dangu-dangu ugi mangrêtos.

Têtêpangan.

Ing Kajawèn rumiyin sampun kasêrat bab pikajêngan kula ingkang No. 17, inggih punika: badhe kapanggih para misuwur ing jagad. Kula ugi sampun kapanggih satunggaling tuwan nama Proffessor Row. Panjênênganipun paham sangêt prakawis sulapan tuwin

--- 1020 ---

Hypnotisme. Professor wau rumiyin ugi padpindêr pangkat Scoutmaster (Troepleider) ing Bengalore Hindustan, sarèhning kula ugi padpindêr têtêpanganipun dados ragi rakêt. Tuwin kula ugi kawulang main sulap ingkang anèh-anèh.

Wontên ing Singgapura kula ugi sampun têtêpangan kalihan Professor Thereses, punika satunggaling propesor dhansah (Dancing Professor) rumiyin nate nunggil kalihan Opera Miss Riboet.

[Grafik]

Moseum saha taman pustaka Raffles.

Wontên ing Singgapura panjênênganipun ambikak sêkolahan dhangsah agêng sangêt.

Saking pitulunganipun Proff. Row. kula ugi sagêd sowan sang suwuring jagad, inggih punika Sir Rabindranath Tagore, panjênênganipun nêmbe rawuh saking tindak ing America, Japan tuwin China, wontênipun ing Singgapura namung lèrèh sadintên masanggrahan ing Siglap, ing dalêmipun Sir Namazie.

Sarêng panjênênganipun mirêng manawi ing têmbe kula ugi badhe dhatêng Hindustan lajêng dhawuh supados kula benjing dhatêng ing Calcutta, badhe katêdahan kagunganipun sêkolahan tuwin Padvinderij.

Dhatêng ing Eropah.

Anggèn kula wontên ing Singgapura wontên 1 wulan kula ugi nyobi badhe nyambut damêl ing kapal, ananging ragi kêdangon ngêntosi telgram saking Parijs, Londen lan Japan.

Ingkang makatên punika kula kêpêksa mangkat sarana mawi ambayar waragad.

Tanggal 11 Juli kula bidhal numpak kapal Prancis, General Metzinger dhatêng Marseille, waragadipun Singapura - Marseille $150.- Marseille - Londen $ 275. Dalah waragad sanès-sanèsipun wontên $ 180.- utawi kintên-kintên f 250.-

Têtiyang ingkang sami wontên ing kapal wau sadaya ginêman basa Fransch. Kalêrêsan ing kapal wau kathah student-student ingkang sami numpak tuwin ingkang sagêd cara Inggris sami Student Universiteit Sarbonne ing Parijs, sami wangsul saking nagari wutah rahipun ing Indochina, mêntas liburan.

--- 1021 ---

Kawruh Sawatawis

Bab Drêpayudan

Kyai Lurah Uprêdhaktur Kajawèn.

Lêrês, ing sêrat babad namung kasêbut Kangjêng Ratu Bêruk, Surakarta saking Jagaswaran. Nanging sanès punika. Têrangipun, Kangjêng Ratu Bêruk, saking Sukawati, dados ing Ngayogya. Wontên malih Kangjêng Ratu Bêruk putra Ki Agêng Ênis, pramèswari Sultan Agung. Namung makatên sêsêrêpan kula, nyumanggakakên, kangge atur jawab kula Kajawèn No.56.

Marta.

Mirid katrangan ing buku sajarah: Kyai Agêng Ênis, Pajang, pêputra Kyai Agêng Mataram. Pêputra: Panêmbahan Senapati, pêputra: Ingkang Sinuhun Sunan Adi Prabu Nyakrawati, pêputra: Sinuhun Sultan Agung.

Miturut urut-urutan punika, putra Ki Agêng Ênis kagarwa Sinuhun Sultan Agung botên mèmpêr.

Kajawi punika panjurungipun Radèn Mas Panji Jayèngtirtanata ing Madiun, botên kapacak, amargi karangan saking Tuwan Marta ing nginggil punika cêkap kangge katrangan ing bab Kangjêng Ratu Bêruk, ingkang dipun kajêngakên Tuwan Marta. Sampun cuwa ing panggalih.

Red.

Jagading Wanita

Bab Olah-olah

Sambêtipun Kajawèn nomêr 63.

Bandêng Bumbu Rujak.

Bandêng ingkang dipun bumboni rujak punika ngindhakakên raosipun tinimbang namung dipun gorèng kemawon, dene anggènipun damêl makatên: Mundhuta bandêng dhatêng pêkên ingkang sampun dipun êdang punika, manawi sampun lajêng ngracika bumbu: brambang, bawang, sarêm, tumbar, gêndhis, asêm, traos, kêmiri gorengan, bonggol sêre karajang sakêdhik, godhong jêram purut sakêdhik, irisan laos sakêdhik. Bumbu-bumbu sadaya wau inggih namung mawa-mawa kathah sakêdhikipun bandêng ingkang dipun olah, bumbu wau dipun ulêga ingkang lêmbat, manawi sampun lajêng dipun dèkèki santên kanil sacêkapipun, dados ingkang nyêmêk-nyêmêk kemawon, tumuntên ngrajanga lombok abrit sakêdhik, dipun worakên bumbu wau (anggènipun ngrajang ingkang bundêr-bundêr) lajêng dipun popokakên ing bandêngipun ingkang waradin, tumuntên dipun linting ing godhong pisang, dipun bitingi kiwa têngên, sabên salinting dipun dèkèki salam salêmbar, manawi sampun anggènipun nglintingi lajêng dipun kukusakên ing êdang rumiyin. Manawi godhongipun sampun alum lajêng dipun êntas. Tumuntên dipun garang wontên ing wajan siti, dipun tindhihi banon utawi sela, manawi dipun walik godhongipun sampun katingal jêne lajêng suwalikipun malih, manawi sampun kintên katingal garing inggih punika sampun matêng.

Kajawi kangge olah bandêng bumbu rujak punika

--- 1022 ---

ugi eca kangge ambumboni ulam panggang, namanipun inggih panggang bumbu rujak. Dene anggènipun damêl makatên: ngracika bumbu kados ing nginggil wau, nanging kêmirinipun botên usah kagorèng, tuwin lombokipun dipun wor kaulêg kemawon, dados botên mawi karajang, manawi bumbu-bumbu wau sampun dipun ulêg lêmbat, tuwin dipun dèkèki santên sacêkapipun lajêng kaarèha wontên ing wajan waja, sarta dipun cêmplungi salam tuwin tansah dipun kêbur ngantos kênthêl, lajêng dipun popokakên ing ulam ingkang badhe dipun panggang. Dene patraping manggang inggih botên beda kados karanganipun sadhèrèk Triraras ing Kajawèn nomêr 44 punika, nanging botên usah dipun gêpuki, sarta botên kêtingal rêmuk, inggih punika panggang wau sadèrèngipun dipun panggang ing mawa, dipun kukusna ing êdang rumiyin sarta dipun tutupi, manawi ulam wau dipun kuwik sampun êmpuk, tumuntên dipun êthing-êthingakên ing mawa arêng ing anglo. Manawi sampun jêne kacocohana ing porok ingkang waradin, supados rumasuk, patrapipun ambumboni kapopoka ing arih. Dados panggang wau matêng kaping kalih, punika ulamipun sagêd êmpuk sangêt.

Opor Ayam.

Mragata ayam 1 tuwin dipun rêsiki ingkang rêsik, dipun icali sirahipun dumugi gulu, sarta cakaripun dumugi dhêngkul. Jêroanipun ugi dipun icali, nanging kulitipun sampun ngantos nglenyam. Lajêng maruta klapa 1 dipun bumboni brambang, bawang, kêmiri, jintên, tumbar, gêndhis, sarêm, traos godhong jêram purut sakêdhik. Bumbu-bumbu sadaya wau inggih namung kamawa-mawaa kathah sakêdhikipun kemawon, tumuntên kaulêga ingkang lêmbat. Manawi sampun lajêng kacarupna ing klapa wau ingkang waradin, tuwin malih dipun carubi ulêgan cêrme 10 iji ingkang sampun kaicalan isinipun, sarta kapêrêsa ing pêrêsan supados suda kêcutipun. Manawi sampun, klapa wau lajêng kalêbêtna ing salêbêting ulam wau ingkang kêbak, tumuntên kadondomana saking nginggil dumugi ngandhap, sampun ngantos kêtingal kalapanipun, awit mindhak ambrodhol, ingkang dipun dondomi punika kaprênah kulitipun kemawon dados botên dalah dagingipun, tuwin ingkang alon-alon kemawon. Manawi sampun lajêng kagodhoga mawi santên ingkang ngantos kaclop. Anggènipun anggodhog wontên ing kuwali utawi ing manci, dene santênipun wau sampun ngantos katutan bêninganipun. Sarta dipun dèkèki sarêm sacêkapipun tuwin salam. Dipun latonana ingkang ngantos sat. Manawi sampun sat lajêng kagorèng mawi lisah klêntik, wontên wajan waja, ananging sakdèrèngipun dipun gorèng kumutipun dipun sisihakên rumiyin, manawi anggènipun anggorèng ulam wau sampun jêne, kumut wau lajêng kagubêlna ing ulan ingkang waradin. (Badhe kasambêtan)

Pun Rus.

--- 1023 ---

Bab Rajakaya

Nangkarakên Rajakaya tuwin Amblastêrakên

Sambêtipun Kajawèn nomêr 63

Tumusing giras dhatêng pun anak pancèn angèl yêktosanipun, nanging tumusing lampah ekar lan sapanunggalanipun kathah ingkang angyêktosi botên wontên nyatanipun.

Rumiyin nate wontên tiyang gadhah lêmbu èstri ngandhut kintên-kintên 4 wulan, sarêng kakandhangakên buntutipun kajêpit slarak kandhang ngantos pêpês, sarêng sampun saras buntut wau dados bengkong, ingkang gadhah ngintên manawi pêdhètipun benjing ugi buntutipun bengkong makatên, nanging sarêng lair wusananipun botên.

Wontên malih kapitadosan inggih punika upaminipun kapal èstri kapacêk dening kuldi, warnining anakipun mêsthi sakêdhik mèmpêr kapal sakêdhik mèmpêr kuldi, dados wontên saantawisipun kewan kalih wau, lan manawi kapal èstri wau kapacêkakên malih kalihan kapal bangsanipun piyambak turunipun taksih wontên kakantunan ingkang ngèmpêri kuldi.

Kapitadosan ingkang makatên punika dèrèng wontên nyatanipun, pancèn ugi wontên turun ingkang nyêbal saking bapa biyungipun, nanging nyamèni êmbah-êmbahipun, kados ta: bapa biyungipun wulu abrit, wusana anakipun wulu pêthak. Dados kawontênan ingkang dumunung ing nalurinipun taksih kasimpên, ingkang benjingipun badhe katingal malih.

Para ahli tuwin para wasis ugi aniti tuwin angyêktosi dhatêng kawontênan makatên punika, nanging mêksa dèrèng manggih katrangan ingkang sah. Pêpuntoning pamanggih namung yèn bapa biyungipun bangsaning rajakaya alit, botên badhe nurunakên agêng, lan yèn bapa biyungipun bangsaning kewan ingkang wangunipun kirang sae botên badhe angajêng-ajêng turun ingkang sae wangunipun pramila kajênging amblastêrakên rajakaya badhe anyaèkakên turun.

[Grafik]

Nenemaning lêmbu Onggolê.

Rajakaya asli ing tanah Jawi ngriki kalêbêt golongan alit-alit, sarta dèrèng sagêd anyêkapi kabêtahan ing nginggil, pramila sampun sawatawis taun sapriki kangge nyaèkakên turuning lêmbu nagari andhatêngakên bibit saking Bênggala. Lêmbu wau golonganing lêmbu agêng, bêbalunganipun sarwa agêng lan kiyat, gulunipun kandêl, punukipun inggil, mawi gèmbèl wiwit saking [sa...]

--- 1024 ---

[...king] janggut dumugi badan perangan ngandhap, wulunipun pêthak utawi sêmu blawus, sarta gêsangipun wontên ing tanah Jawi ngriki sae jalaran sagêd cocog kalihan hawanipun, kangge tarikan prayogi sangêt, sarta ingkang èstri yèn sae pamiyaranipun sagêd ngêdalakên puhan kathah, trêkadhang ngantos 8 litêr.

Bibit wau kasade utawi kagadhuhakên dhatêng tiyang dhusun, sarta mêndhêt sabên cacah lêmbu èstri 80 iji cêkap bibit jalêr satunggal. Supados kangge sadhiyan sampun ngantos kantu, nagari mundhut lêmbu-lêmbu saking Bênggala, lan wontên ing pulo Sumba dipun tangkar-tangkarakên. Dene ingkang kapundhut wau lêmbu Onggolê, inggih punika lêmbu ing tanah ngriku ingkang sae piyambak, sirahipun cêlak singatipun kupêng, sarta jodho sangêt kalihan lêmbu Jawi ngriki. Sanèsipun lêmbu punika ugi wontên ingkang sae, inggih punika lêmbu Isar, nanging padosipun ragi rêkaos. Dene tunggilipun malih inggih punika lêmbu Misorê kirang prayogi§ Bab punika sampun kapratelakakên sawatawis ing Kajawèn nomêr 60. Red.

(Badhe kasambêtan)

Suryadi.

Rêmbagipun Bancak lan Dhoyok (Pênthul lan Têmbêm)

Têmbêm : Rumasa gumun atiku, ngrasakake klakuanamu, ingatase wong tuwa saaku, têka padpindêr sing ditiru. Kang mangkono mau, yèn dinêlêng rak katon saru. Wajibe wong tuwa sakowe iku, ora pantês yèn dadi pandhu, kudune tansah mituhu, le nyêmbah marang Pangeranmu. Dene kang dadi lakumu, sarèhning Islam agamamu, iya sarana sêmbahyang limang wêktu, pacitane kudu maca Kulhu, sathithike saadêgan kaping pitu.

Pênthul : Bênêr omongmu kiyi, upama ing tanah Indhonesiah iki, agamane mung sawiji, ning kowe dhewe rak ya ngrêti, salagine ing tanah Jawi, agamane wus warni-warni, iya Islam iya Nasrani, prêcaya nyang Buda utawa teosopi. Mulane yèn aku saiki, nyaritakake Islam maligi, utawa ngêmungake agama Nasrani, cêkake mung agama salah siji, wis mêsthi bakal anggonjingake bumi, têgêse kang mêngkono kuwi: bakal akèh priyayi kakung padha misuhi, priyayi putri padha ngèncêpi, ora-orane ya padha ngiwi-iwi. Tinimbang aku dèn sêriki, luwung dianggêp pitra sêjati, apa manèh sasi ngarêp kiyi, aku arêp lunga turni. Yèn nganti ditêmoni, timbangane aku dibithi, utawa diprênguti, luwih bêcik aku disuguhi, sêga kêbuli, lawuhe opor pitik kêbiri, nang têlak nyamlêng kaya dilêngani.

Têmbêm : Omonge Bancak têka mèmpêr. Dielikake anggone dadi padpindêr, tak kon ngalakoni agama sing bênêr, yaiku Islam agamane wong Indhonesiêr, jarene

--- 1025 ---

dadi wêwalêr, yèn ngomongna agama mung saêlêr. Awit anane wong ing tanah Jawa sakitêr ora kabèh nganggêp agama mau sing bênêr. Sagolongan nganggêp Nasrani sing lêsêr, liyane agama Budha sing angkêr, lan ana sing nganggêp Teosopi agamane wong pintêr. Panêmumu pancèn iya ora kablingêr, ngrêmbug agama siji kuwi sok dadi gumêdêr, ing môngka kowe arêp midêr-midêr, yèn ngantia sasêngitan sing kok dhêdhêr, nang paran ora bakal sinuguhan sing lèkêr-lèkêr: sêga putih iwake pitik lan wadêr, malah nèk ora kabênêr, bisa sinuguhan sing rasane ora sêgêr, ning nang badan sakojur krasa mak nyêr, upamane ditibani pring salajêr, ana ing githok utawa ing gêgêr.

[Grafik]

Pênthul : Iya mangkono bakal kadadeane, yèn agama sing diomongake. Mulane sing arêp dak rêmbuk ing kene, agama ora ilmu ya dede, nanging prakara sing gêdhe gunane, tumrap uwong sakabèhe, ya tumrap sing ênom tuwa cilik utawa sing gêdhe. Mungguh saiki kaanane, ing saindênging bawana kene, sing lagi dadi kêmbang lambe, padpindêr sanyatane. Awit yèn mawasa: wète, tumrap padpindêr sajatine, wis cêtha anelakake, yèn nênuntun marang bêciking bêbudène, kang bisa anjalari sampurnane uripe, ana ing donya têmbe burine.

Têmbêm : Wathathithah, sanadyan wudunku mêcah, rasaku ora pati bungah, kaya krungu anggonmu sêsorah, ning apa ora luwih bêcik kanggone bocah, sing bêbudène isih kêna diowah, nèk wong tuwa kaya aku rak wis susah, aja manèh bêbudène kênaa dirobah, salagine mangan jangane kurang uyah, rasane nyang ati wis krasa payah. Mara critakna wète sing nganti gênah, sanadyan tumrape awakku susah, bisane bêbudènku owah. Nèk-nèke aku bisa maju sajangkah, anggone nyuda kridhaning amarah, lan bisa nyêdhaki marang mutmainah.

Pênthul : Bênêr Kang Dhoyok anggonmu caturan, sanadyan wonga tuwa pisan, ora ana alane anjupuk tuladhan, ning ya kudu têtuladhan, kang ngudi marang kautaman, bôngsa Walônda duwe paribasan, ora ana umuring wong kêtuwan,

--- 1026 ---

kanggo ngudi mênyang pangajaran. Mula bênêr pangandikane ahli kapintêran, kang ngandikakake bedane manusa lan kewan, pangandikane: loro-lorone pisan, padha jêjodhoan, padha mêmangan, lan padha buwang kotoran, nanging kewan ora ngudi marang kautaman, dene manusa tansah golèk urip kasampurnan.

Têmbêm : Dhiêm, dhiêm, kok banjur akèh-akèh sing kok gunêm, sajake kaya wong sing lagi mêndêm. Dudu mêndêm kêcubung ning mêndêm opiyêm, lumrahe omonge banjur glayêm, ora mrêduli kêndhil wajan padha amêm, anggêre awake dhewe wis krasa ayêm. Nanging yèn ora klêbon lara irêng sêmalêm, barang cilik banjur krasa gêdhêm, karêpe kabèh-kabèh arêp diantêm wèlêm.

Pênthul : Wis, wis aja kok banjurake anggonmu ngêcuwis, tak caritakna wèting pandhu sing nganti prêsis, ning sanadyan akèh piwulange sing manis-manis, dudu pêthikan saka Kuran utawa Hadis, mung miturut karangane tuwan-tuwan bôngsa Inggris, Badhên Powèl asmane kang winasis. Wis saiki tak wiwitane, nanging murih kêpenake, lan disênêngi wong sakabèhe, luwih bêcik tak têmbangne, supaya amrih bêcike, tak anjupuk sinom lagune, wis Kang Dhoyok dirungokke:

Wong anom anglakonana / apa wajibe kang mêsthi / yaiku wajib kang aran / dadi padpindêr nêtêpi / wêruha mênyang aji / aja nganti kliru surup / lah mangkene rungokna / têtêpe sing aran wajib / satindake sabên wong duwe pitaya //

ping pindhone mangrêtia / kudu sêtya têrus ngati / nyang nagara ya parentah / lan nagara wutah gêtih / nagara sing digoni / lan kudu manut miturut / nyang sing dadi têtuwa / kang duwe wajib nuntuni / iya kuwi lèdêring sakabèh kônca //

kudu asih karo trêsna / nyang lêlurah awit kuwi / jênêng sing awèh gawean / lan kudu sêtya nêmêni / nyang wêngkon dhewe mêsthi / dene ta sing kaping têlu / padpindêr tumindaka / kang lêga lila nulungi / nyang wong liya kang nêmoni kasangsara //

ping pate ya kuwajiban / duwe pikir lair batin / trêsna nyang sapadha-padha / lan manèhe kudu asih / nganggêpa mitra bêcik / lan liya padpindêr kumpul / aja angrasa beda / sanajana seje jinis / ping limane sing andhap asor sapadha //

ping nême anglakonana / duwe watak wêlas asih / mênyang sarupaning kewan / kang gumrêmêt kang kumêlip / kaping pitune wajib / kudu sadhiya ing prêlu / manut miturut prentah / aja lumuh anglakoni / ing wulange lèdêr sing dadi têtuwa //

cake ing gawe sing cêtha / aja nganggo brigah-brigih / mung kudu nuli tumandang / sing ketok cakup tarampil / bab kaping wolu wajib / duwe ulat aja mrêngut / sing sumèh murih bisa / agawe rêsêping ati / diêtrapna gawe abot sing kêduga //

wajibe kang kaping sanga / padpindêr kudu kang ngrêti / kudu ngantêpi agama / kaping sêpuluhe wajib / ngrungkêbi ati suci / ing lair batin sing têrus / aja tumindak sasar / kabèh kudu dilakoni / kalakone kanthi brêkahing Pangeran //

--- 1027 ---

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Nalika tanggal 28-7-1923 ing kitha Malang wontên parêpatan P.N.I. ingkang asêsorah ing ngriku Tuwan-tuwan Ir Sukarna lan Mr. Yusup saha sanèsipun. Manggèn ing griya bioskup Ema, ingkang dhatêng wontên tiyang kintên-kintên langkung saking sèwu. (N.).

[Grafik]

Ing Kajawèn sampun nate martosakên satunggiling wanita nama Rara Surti lulus dados Ind. Arts wêdalan N.I.A.S. ing Surabaya. Mênggah gambaripun kados ingkang kacêtha ing nginggil punika.

Ing salêbêting pasar malêm ing Malang wontên wande-wande ingkang sami sade buku warni-warni, ugi wêdalan Bale Pustaka tuwin sanèsipun (N.).

Ing dintên punika 7-8-1929 ing Tumpang katawis wontên jawah awu, nanging botên patos sangêt, sagêdipun kêtitik saking lumahing gêgodhongan sami amalêtuk cêmêng, saha tiyang lumampah kraos klilipên. (N.).

Nalika dintên Kêmis 1-8-1929 ing dhusun Jêru (Tumpang) wanci enjing wontên lare nglampahakên cikar kêglimpang, larenipun katindhihan sukunipun ngantos tatu sangêt. Nunggil ing dintên punika inggih ing dhusun ngriku wau, wanci jam 3 sontên wontên malih tiyang kaplindhês cikar ing sirah ngantos dhadha, dumugi ing pêjahipun. Cikar-cikar punika sami momot kaspe. Wontênipun ngantos kadadosan makatên wau, jalaran margi ingkang dipun langkungi kirang sae, nanging cikar mêksa nrajang purun. Dados gênahipun saking kalêpatanipun piyambak. (N.).

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 2571 ing Purwakarta (Krawang). f 2.50 punika têrangipun makatên: ingkang f 1.- kangge nyêkapi kwartal punika, ingkang f 1.50 kangge kwartal 4, makatên wau manawi panjênêngan kaparêng lêngganan têrus, dados ingkang prêlu f 1.-

Lêngganan nomêr 3919 ing Blora. Kula ingkang kalintu. Etang panjênêngan sadaya lêrês.

Wangsulan saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 2368 ing Pagênthan. Panjurung panjênêngan botên kapacak, amargi karangan ingkang kados makatên punika sampun dipun wêdalakên dados buku dening ingkang gadhah karangan piyambak.

Tuwan M.S. ing Kêbumèn. Kajawèn botên sagêd minangkani pamundhut panjênêngan, awit botên wontên tatanan kados makatên, lan malih panjurung panjênêngan punika botên migunani ingakathah, panjênêngan tamtu mangrêtos piyambak.

Lêngganan nomêr 2510 ing Ngayogya. Bale Pustaka botên sade.

Lêngganan nomêr 3037 ing Sêtabêlan, Surakarta. 1. Tiyang anggantos utawi nyantuni cariyos ing basa sanès ingkang dèrèng langkung saking titimangsanipun, kêdah nêdha palilah dhatêng ingkang gadhah wêwênang ngantos têrang, 2. Bab gambar samantên ugi, 3. Botên têrang sintên ingkang sade.

Lêngganan nomêr 2388 ing Gurah. 1. Bale Pustaka ugi sade buku ingkang kasêbut ing Catalogus Depot v. Leermiddelen, nanging namung satunggal kalih. 2. Bêbasan Saloka jilid II dèrèng wontên. 3. Ingkang sade Depot v. Leermiddelen.

Lêngganan nomêr 278 ing dhukuh Dungus. Bab pamrayogi panjênêngan kirang tumrap mênggahing Kajawèn, amargi ingkang maos Kajawèn punika kathah ingkang golongan sanès, lan malih bab makatên wau badhe botên sande, ingkang gadhah prêlu inggih badhe sumêrêp.

--- 1028 ---

Wêwaosan

Sêrat Bayan Budiman

Karanganipun Mas Arjawiraga.

19

[Dhandhanggula]

sang suputri angandika aris / wruhanira hèh sira pangeran / arsa sun sedani mangke / sambata wong tuwamu / tumungkula maring pratiwi / nêngaa ing akasa / sira mêsthi lampus / dene ta ing jatinira / gon sun gawe pêpati kurang siji thil / wus têtêp kawan dasa //

jangkêpira iya sira iki / sang pangeran mung mèsêm kewala / tan ana sulak-sulake / kasamaran ing kalbu / têmah mawèh tuwuhing galih / marang kang arsa cidra / dyan sang putri muwus / ingsun durung tau wikan / janma mèsêm ing kala arsa pinatin / paran darunanira //

sang pangeran angandika ririh / linut guyu sasakecanira / wruhanamu putri ngene / ing nguni ingsun wêruh / kang manjangan jalu lan èstri / barêng padha tangisan / mulabukanipun / kang jalu kênèng paekan / awit saka pandamêle rama aji / wus mèh têkèng palastra //

dahat susah kang wadon nangisi / gung pinênggak dening sangsam priya / awit jênêng tanpa gawe / kang èstri kinèn wangsul / nanging mêksa lumuh kapati / nadyan praptaning tiwas / nêdya runtung-runtung / kang iku ingsun anggagas / dadi nyata watêk kang kadya sirèki / kalah lan sato wana //

sanalika kêbuka sang putri / ingkang raka enggal linuwaran / lan kinurêpan pangkone / muwun asênggruk-sênggruk / aprasêtya tan nêdya malih / anglampahana cidra / ing wusana rukun / lan têmbe gumantya nata / Bayan muwus sanadyan ta dosa nyai / yèn èngêt manggih arja //

nanging janma limrah nêmpuh wani / maring tindak kang ingaran lêpat / rumasa tan ngrêti bae / nadyan dosa ngêndhuruk / mêksa maksih kagêlar kumbi / marma têmahanira / adhakan kabanjur / wêkasan manggih pituna / kang makatên nyai pundi kang prayogi / upami linampahan //

10. Nata ingkang supêna pinanggih putri.

[Mijil]

Satamating crita kang kawijil / angênani batos / pêksi Bayan kongsi ngrasa cape / kêpayahên dènira ngêcuwis / mung rasaning ati / asuka kalangkung //

awit katon nyi sudagar mangkin / dahat ing wigatos / tanpa mèngèng dènnya mirêngake / mila dupi wus katingal malih / bayan nyabawani / kanthi cêluk-cêluk //

lajêng mawon môngga ngriki nyai / mangke kula criyos / yêktos nyai sakalangkung sae / gih punika cariyosing aji / kang supêna kèpi / maring wanodya yu //

kocap nênggih ing Towar nagari / kang jumênêng katong / maksih mudha misuwur asmane / duk ing dalu supêna nglam-lami / têmah angênani / tumanêm ing kalbu //

saking dahat dènira ngèngêti / araos kalêson / dahat arsa wungu dènnya sare / kongsi siyang tan miyos tinangkil / samana ki patih / tumuli sumusul //

sri narendra nulya dèn cakêti / dèn pyur-pyuri alon / toya mawar kang arum gandane / sanalika kagyat sri bupati / lan sakala uning / ki patih mabukuh //

angandika alon sri bupati / sêmu amalênggong / sira patih apa uwis suwe / lan malêbu ora sun timbali / apa kang wigati / sun arsa sumurup //

kyai patih nulya matur ririh / dhuh gusti sang katong / marma sowan tanpa timbalane / saking dahat kêdêrêng dhuh gusti / dene sampun wanci / tan miyos pukulun //

saking amba kalangkung kuwatir / nuli mungu alon / lah punapa gusti darunane / sri bupati nuli dhawuh lirih / dahat angalêntrih / sêrêt wiyosipun //

wruhanira bapa mau bêngi / sun supêna elok / anon putri endah ing warnane / pangrasèngsun ing salami-lami / durung amrangguli / putri kang kadyèku //

kêkuwunge anggung anêlahi / dahat mawèh gawok / athik ana wong ana rupane / ngupayaa salumahing bumi / anane mung siji / putri impèn ingsun //

tumanême anêrusi ati / tansah bae ketok / kongsi bingung gon sun ngrasakake / coba ingsun mêrêm sawatawis / hara nyata prapti / katon gandhul-gandhul //

marma ingsun tan miyos siniwi / labêt saking abot / eman pisah lan impèn sun kiye / iku bapa upayanên nuli / di kongsi kapanggih / aywa kongsi kliru //

alon matur wau kyai patih / dhuh gusti sang katong / dene gusti kadêrêng mring impèn / yêkti damêl tata tan prayogi / lajêng kadospundi / pangupayanipun //

awit sintên ingkang sagêd uning / gambaring pangraos / sri narendra ngandika mangkene / ngupayaa wong ayu linuwih / kang nyata munjuli / yêkti impèn ingsun //

kyai patih kawêkèn kapati / sakalangkung ewoh / nulya èngêt maring kagunane / anggêgambar sanyata undhagi / nulya nyorèk warni / sanggyèng wanodya yu //

wusing sampat dèn aturkên nuli / linut èsêm alon / jêng sinuhun punika critane / para putri kang ayu linuwih / pundi ingkang mirib / impèn dalêm prabu //

kagyating tyas sri nata umèksi / anêrusi batos / lan ngandika dene elok kiye / iya bapa uwus plêg kadyèki / gambar kang sawiji / iki ingsun pundhut //

kyai patih nuli matur ririh / gusti jêng sang katong / kaparingna gambaripun mangke / badhe môngka ancêr ngupadosi / puguh sri bupati / tan maringkên wangsul // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 66, 11 Mulud Taun Ehe 1860, 17 Agustus 1929, Taun IV

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1029] ---

Ôngka 66, 11 Mulud taun Ehe 1860, 17 Agustus 1929, Taun IV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Tèntunsêtèlêng Têtanèn ing Sukabumi

[Grafik]

Ing nginggil punika gapuraning tèntunsêtèlêng têtanèn ing Sukabumi, dipun wangun cocogipun kalihan raos Jawi.

--- 1030 ---

Pawartos Wigatos

Nata ing Siyêm

Sambêtipun Kajawèn nomêr 65.

Mirid andharan ing Kajawèn nomêr 65, para maos botên kêkilapan ing bab wontêning agami ingkang dipun rasuk ing bôngsa Siyêm. Mila ing sadèrèngipun anglajêngakên cariyos babadipun praja Siyêm, prayogi kasêlanan nyariyosakên ing bab wontênipun agami Budha ing nagari Siyêm rumiyin.

[Grafik]

Upacara arak-arakan ambêsmi mayit ing Siyêm, ngubêngi kadhaton.

Ing ngajêng sampun kacariyosakên manawi bôngsa Siyêm punika agaminipun Budha, dene lumêbêtipun agami Budha wontên ing nagari Siyêm punika ing antawisipun abat 5-6, aslinipun saking nagari Indhu.

Tumrap ing nagari Siyêm, sampun dados tatacaranipun bôngsa Siyêm punika wontên kalanipun sawatawis môngsa nyatunggalakên tekadipun maligi nêmbah dhatêng Budha, inggih punika kanthi miturut parentahing agami, lan ngicalakên sawarnining prêlu ingkang tumônja dhatêng kadonyan. Kawontênan ingkang kados makatên punika ingkang anjalari ing praja Siyêm kathah kabuyutan. Kabuyutan punika

--- 1031 ---

panggenan anêmbah dhatêng panutan. Mênggah kathahing kabuyutan ing nagari Siyêm, kirang langkung wontên 10.000 iji.

Lamining têtiyang anggènipun nindakakên tatacara ingkang kados makatên punika botên tamtu, wontên ingkang namung sawulan, wontên ingkang sataun, wontên malih ingkang salaminipun gêsang namung tumindak kados makatên, lajêng nama dados sogata (monnik), kajênging sogata ing ngriki, satunggiling tiyang ingkang anglampahi parentahing agami, punika namung mêndhêt mèmpêripun têmbung monnik. Dene caranipun, sadaya ingkang nekadakên wau sami cukur plonthos saha ngangge rasukan jubah, badhening rasukan kasar jêne, sarta ambêkta wadhah pirantos kangge papariman. Têtiyang ingkang sami dados kados makatên wau, sabên enjing lumampah papariman urut griyaning têtiyang pakampungan, dene anggènipun papariman wau namung prêlu nyêkapakên bêtah kangge nêdha sadintên kaping kalih. Wanci ing sadintên wau kajawi kangge papariman, ingkang kathah kangge maos Wedha.

[Grafik]

Tiyang tani ing Siyêm sawêg maluku sabin.

Mênggahing agami Budha, tiyang ingkang darma, inggih punika tiyang ingkang wèwèh dhatêng sogata papariman, pêlênging batosipun botên niyat pados pocapan sae jalaran saking anggènipun dêdana wau, ananging gadhah panganggêp, bilih darma punika satunggiling lampah kautamèn, lan murih sagêd kêdhêdhêran wiji rêmên tindak darma. Mila kawontênanipun ing nagari Siyêm, tumrap ingkang tumindak papariman wau botên pisan-pisan adamêl mêsgulipun ingkang dipun parimani, awit sadaya pikantukipun sami sèlèh dhatêng kalêpasaning kabatosan.

Manawi nuju môngsa têrangan, kathah para sogata sami dhatêng candhi-candhi salêbêting praja, limrahing ngakathah, para sogata wau sami dipun wastani tiyang kramat, mila ing samargi-margi dipun aosi ing tiyang.

--- 1032 ---

Tiyang ingkang nuju wontên ing nagari Siyêm, ing samargi-margi têmtu kêpêthuk tiyang ingkang kados makatên wau, limrahipun dipun iring ing lare-lare ambêkta payung utawi barang-barang bêbêktanipun tiyang kêkesahan. Lampahing sogata wau samôngsa kêdalon, lajêng tilêm wontên ing kabuyutan utawi candhi, malah wontên ingkang namung tilêm wontên sangandhaping payung mawi dipun kubêng ing layar kapêtha kadosdene tendha. Kajawi punika ugi wontên sogata ingkang mêdal saking nagari Siyêm dhatêng panggenan-panggenan Budha sanès ingkang têbih-têbih, ingkang dipun anggêp kramat sangêt, kados ta dhatêng masjid Budha Arakan ing Mandali, nagari karajan Burma, utawi dhatêng masjid Budha ing Swetagon ing Rangoon.

Kados makatên mênggah caraning bôngsa Siyêm anggèning nindakakên agaminipun. Cacahipun sogata ing praja Siyêm wau kintên-kintên wontên 300.000. Cacah samantên wau inggih botên têtêp salaminipun, sagêd ewah-ewah, dene ingkang têtêp dados sogata wau namung sawatawis. (Badhe kasambêtan)

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja Ind. Arts ing Kudus

Sambêtipun Kajawèn nomêr 64.

3. Malariah tropica dhatêngipun bêntèr botên têmtu, nanging ingkang limrah sabên dintên têrusan kemawon kados bêntèripun tiyang ingkang kenging sêsakit tipês, punika sêsakit bêntèring malariah ingkang ambêbayani sangêt, dene wontênipun ing Asiah ing panggenan ingkang hawanipun bêntèr (tropisch klimaat) mila dipun wastani tropica.

Bêntèring sêsakit malariah tiga pisan, kados ingkang kasêbut ing nginggil wau, sagêd anjalari risaking êrahipun tiyang ingkang sakit (bloedarmoede) lajêng limpa (milt) dados agêng (abuh), trêkadhang ingkang sakit malariah tropica jalaran saking sangêting bêntèr ewah èngêtanipun, manawi botên dipun jagi utawi dipun cêpêngi sok lajêng mlajêng utawi gronjalan badhe mlajêng-mlajêng kados tiyang ingkang sakit ewah utawi setanên. Manawi botên enggal kajampenan jampi ingkang mustajab, sagêd dados ing tiwasipun.

Sagêd ugi kalampahan lumêbêtipun wiji malariah kalih warni punika sarêng-sarêng, utawi tumularipun dhatêng tiyang andadosakên bêntèripun lajêng botên sagêd ajêg.

Kalamôngsa wontên tiyang ingkang kalêbêtan wiji sêsakit malariah, nanging botên thukul bêntèripun. Punika ingkang dipun wastani malariah larvata (verborgen Malaria, malariah dhêlikan).

Manawi tiyang ingkang sakit wau dipun kèndêlakên botên dipun jampèni, utawi jampinipun kirang tumônja botên mustajab, utawi kirang jampinipun, plasmodien lajêng tambah angrêbda, tiyang ingkang sakit [saki...]

--- 1033 ---

[...t] lajêng kêra, pucêt, jêne, lêsu, lêmês, limpanipun abuh.

Sampun têmtu tiyang ingkang katrajang ing sêsakit wau inggih sakit, kajawi punika tiyang ingkang sakit lajêng dados bibit utawi winih sêsakit malariah ingkang ambêbayani tumraping tiyang ingkang saras, awit manawi ingkang sakit botên kapisah têbih saha kirang panjaginipun, murih sampun ngantos kêcakot ing lêmut, têmtu lêmut lajêng sagêd anularakên dhatêng tiyang pintên-pintên ingkang lajêng sagêd ngômbra-ômbra.

Mila bôngsa Eropah ing tanah Indhonesiah ngriki ingkang sami ajrih lan anjagi murih sampun ngantos kataman ing sêsakit wau, rencang-rencangipun jongos, babu, koki, kêbon, sami dipun sukani klambu kangge ing patilêmanipun, prêlunipun sampun ngantos kenging utawi katularan ing sêsakit wau ingkang lajêng sagêd nularakên dhatêng tiyang sagriya.

Sagêdipun nêtêpakên bilih (positief) sêsakit malariah, êrahipun tiyang ingkang sakit kêdah dipun priksa mawi kaca praksana. Ananging dhoktêr-dhoktêr ingkang sampun kulina utawi paham (kêcêkap anindakakên ing padamêlan), lajêng sagêd mastani sêsakit malariah utawi sanès, punika lajêng enggal sagêd suka jampi utawi nyuntik, supados tiyang ingkang sakit wau sagêda enggal saras.

[Grafik]

Patilêman ingkang pamasanging klambu wontên ing nglêbêt cagak.

Jampi ingkang kangge mêjahi plasmodien ingkang mustajab inggih punika kênini, malah ingkang langkung mustajab malih kangge anjampèni tiyang sakit malariah punika kêdah mawi suntikan kênini.

Limrahipun lare alit utawi bayi manawi sakit malariah dipun jampèni kênini punika lajêng nuntak, utawi botên purun ngêlêg, jalaran saking paitipun, mila ingkang kangge jampinipun inggih punika ingkang botên pait euchinine utawi aristochine.

Tiyang ingkang sakitipun ragi dangu (rêkaos) kajawi dipun jampèni mawi kênini, sarana malih mawi arsenicum (warangan) lan sanès-sanèsipun.

Tiyang ingkang kenging sêsakit malariah, bilih sampun kajampenan kênini, punika prayoginipun tiyang wau kapindhah utawi katirahakên ing panggenan ingkang hawanipun asrêp, inggih punika ing parêdèn. Awit hawa parêdèn punika mustajab sangêt tumrapipun tiyang ingkang kenging sêsakit malariah, salêbêtipun sawatawis dintên tiyang ingkang sakit bêntèr, lajêng sagêd ical, saha pucêtipun (bloedarmoede) sawatawis minggu utawi sawatawis wulan kemawon sampun sagêd pulih wangsul kados waunipun (bingar). (Badhe kasambêtan)

--- 1034 ---

Jagading Wanita

Bab Olah-olah

Sambêtipun Kajawèn nomêr 65.

Lêmêng ulam ayam.

Amragata ayam dhara 1 sarta karêsikana ingkang rêsik. Tumuntên kakêthok-kêthoka ingkang agêngipun sakêmiri-sakêmiri, manawi sampun, ulam wau kawadhahana ing bumbung dêling, ingkang panjangipun kintên-kintên saasta tuwin ingkang sisih kaangkaha kaprênah gêrêtanipun, dados bumbung wau ingkang sasisih buntêt sasisihipun bolong sarta dipun rêsikana ingkang rêsik. Sabên ulam ayam 1 dados tigang bumbung, satunggal-satunggaling bumbung kadèkèkana lombok jêmprit wêtahan 5 iji, tuwin salam 2 lêmbar, manawi sampun lajêng ngulêga bumbu, inggih punika: bawang 3 bungkul, asêm 5 gada (gêndhis, sarêm, traos) sami sacêkapipun. Bumbu-bumbu wau kêpara ingkang ragi kêladuk, amargi manawi mêntahipun dipun kêdhapi môngka kêraos kêkêcutên, kasinên, tuwin kêlêgèn, punika matêngipun dados cêkapan. Manawi bumbu wau sampun dipun ulêg lêmbat, lajêng kadèkèkana toya 4 cangkir, sarta kasaringa ing srêbèt mori ingkang pêthak. Saringan bumbu-bumbu wau lajêng kaêsurna ing satunggal-satunggaling bumbung isi ulam wau ingkang ngantos kaclop ulamipun, sabumbungipun kaisènana satêngah inggil. Manawi sampun lajêng ngêluma godhong pisang, inggih punika godhong wau kabêntèrna ing latu, utawi kaêpea ing bêntèring srêngenge. Tumuntên bumbung wau katutupana godhong ingkang sampun dipun kum wau ngalih lêmbar, sarta katangsulana ingkang kêncêng, murih kêncêngipun manawi nangsuli punika mawi rami. Manawi sampun, lêmêng wau kagodhoga wontên ing kuwali, utawi ing êblèg patraliun, kadèkèkana toya ingkang ngantos kaclop ing bumbungipun, sarta kalatonana ingkang sampun ngantos kêndhat. Tandhanipun manawi sampun matêng saèstu, punika waton anggènipun anggodhog enjing dumugi siyang jam 1 ingkang têmtu ulamipun mumut.

Garangasêm.

Amêndhêta ulam ayam 1 ingkang sampun rêsik, lajêng dipun kêthok-kêthoka ingkang agêngipun sakêmiri, tumuntên ngulêga bumbu, inggih punika tumbar, asêm, brambang, bawang, salam, gêndhis, traos, irisan laos sakêdhik, sadaya wau namung mawa-mawa sacêkapipun. Manawi sampun dipun ulêg lêmbat lajêng kadèkèkana santên kanil sacêkapipun. Manawi sampun lajêng kawungkusana ing godhong pisang, saupami sawungkus ulamipun 4 têngkêl, dipun dèkèki duduh 4 sendhok agêng, makatên salajêngipun. Manawi sampun anggènipun mungkusi, lajêng kakukusna ing êdang uwiutawi. dipun godhog ing langsêng, tuwin kalatonana sampun ngantos kêndhat. Dene tandhanipun manawi ulam wau sampun matêng, inggih punika godhongipun ingkang kangge mungkusi wau sampun kêtingal ulam sangêt. [sa...]

--- 1035 ---

[...ngêt.] Wondene bumbu-bumbu ingkang kasêbut ing nginggil wau, manawi botên dipun dèkèki tumbar, nanging kasantunan kêncur, punika namanipun bumbu gêcok, dene patraping damêl ulam dipun gêcok punika botên beda kados patraping damêl garangasêm wau.

Pun Rus.

Kawruh Sawatawis

Bab Wirasating Manungsa Mêndhêt saking Kawruh Tionghwa§ Anggènipun Kajawèn macak panjurung punika, botên pisan-pisan gadhah kajêng nglêrêsakên bab gugon tuhon, namung prêlu nêdahakên ing bab warni-warnining kawruh.

Kula nuwun, bab wirasating manungsa punika pêthikan saking kawruh Tionghwa, kados-kados buku utawi Kajawèn dèrèng wontên ingkang mratelakakên bab kawruh wau.

Ing ngandhap punika kula wiwiti saking kuping kiwa, punika kawastanan: kimsing, têgêsipun lintang mas. (kim= êmas, sing = lintang).

Kuping têngên punika kawastanan: boksing, têgêsipun lintang kayu (bok = kayu, sing = lintang).

Mênggah kuping ingkang warninipun pêthak rêsik sêmu abrit, têkak-têkukanipun cêtha, wangunipun botên angluncup, jêjêg woh godhohipun andhèyèk dhatêng ngajêng, sarta wujudipun agêng kandêl, punika sae sangêt. Tiyang ingkang kupingipun sagêd ngungkuli alis tuwin mripat, wirasatipun winastan: taèkwi, têgêsipun sugih singgih (tae = sugih, kwi = singgih).

Wondene tiyang ingkang kêkupinganipun sae, kados ingkang kapratelakakên ing nginggil, wiwit nèm sampun mumbul darajatipun.

Tiyang ingkang kupingipun lancip sarta ciyut, punika awon, kawastanan, ap, têgêsipun gêjêglong, wahananipun suda sadaya barang darbèkipun, wah botên sagêd kadunungan kawignyan.

Cangkêm punika kawastanan kwising, têgêsipun lintang toya, (swi= toya, sing = lintang) utawi kawastanan malih, lweagtong, têgêsipun panggenan kasusastran ing nglêbêt (lwe = nglêbêt, ag = piwulang kasusastran, tong = panggenan). Tiyang manawi lambenipun mèngèr-mèngèr abrit, wangunipun tutuk pasagi wiyar, lêgoking lambe nginggil lêbêt, untu jêjêg, punika wahananipun sugih kasagêdan, ulah kasusastran.

Bathuk punika kawastanan: ohsing, têgêsipun lintang latu (oh = latu, sing = lintang). Tiyang manawi ing bathuk wontên rambutipun kêtêl panjang, wangunipun saewah kêbak muyêk saha wiyar, punika wahananipun ing têmbe anggadhahi kalênggahan, utawi limpad dhatêng sawarnining padamêlan griya, sanadyan bapa biyungipun inggih sagêd luhur tur singgih. Manawi tiyang bathukipun lincip sarta awon, sanadyan sugih kawignyan, punika winastan: aplyaohsing, [a...]

--- 1036 ---

[...plyaohsing,] têgêsipun, ambêlêging lintang latu (ap = jêglong utawi ambêlêg, lya = uwis, oh = latu, sing = lintang). Ingkang makatên wau wahananipun bilih badhe ngangkah darajad rêkaos sangêt. Sanadyan taksih nèm sampun gadhah anak, ananging anakipun botên sagêd lêstantun wilujêng, dene sandhang tuwin rêjêkinipun limrah, wêwatêkanipun botên sagêd rukun dhatêng sanak sadhèrèk, asring damêl bilaining anak bojo, sarta nêlas-nêlasakên arta.

Grana punika kawastanan: dasing, têgêsipun lintang siti (da = siti, sing = lintang). Grana ingkang pucukipun kandêl sarta nyêprok, lèng-lènganipun kalih pisan sumungkêm, punika sae. Bilih tiyang grananipun gilig saha jêjêg botên mèncèng, kêncêng dumugi bathuk, punika wahananipun sae sangêt, kawastanan: og log swu, têgêsipun sugih bêgja lan daulat tur panjang yuswanipun. (og = bêgja, log = ulat, swu = yuswa, bilih tiyang grananipun ing pucuk lincip, lèng-lènganipun andhangak manginggil, punika kawastanan: ap lya tyonggak da sing. Têgêsipun, angambêlêgakên lintang siti ing ardi têngên (ap = ambêlêg utawi kajêglong, lya = uwis, tyong = têngah, gak = ardi, da = siti, sing = lintang. Wahananipun tiyang ingkang gadhah grana makatên wau, sakêdhik barang darbèkipun, sarta wêwatêkanipun botên lêrês sarta botên ajêg.

Katrangan bab kuping

Kuping punika botên mêsthi sae ingkang agêng utawi alit, awit kuping punika mindhak taun mindhak agêng, agêngipun botên patos kêtawis, mila namung katitika manawi lêgokanipun cêtha, sampun kawastanan sae, langkung sae malih manawi kuping wau warninipun pêthak angungkuli pêthakaning rai, ingkang makatên wau wahananipun sagêd dhatêng kasusastran.

Kuping punika kaperang dados wolung perangan, kados ing ngandhap punika:

1. Kuping êmas (wangunipun panjang saha pasagi jêjêg). | 2. Kuping kayu (panjang). | 3. Kuping banyu (bundêr kêbak) | 4. Kuping gêni (lincip, mlongo). | 5. Kuping bumi (kandêl agêng). | 6. Kuping walu panah (lincip tipis). | 7. Kuping tikus (tanpa lêgak-lêgokan). | 8. Kuping cuki (bundêr agêng).

Mênggah ingkang kawastanan kuping banyu, kuping mas, tuwin kuping cuki, punika manawi mèpèt sangêt, botên patos katingal saking ngajêng, sarta inggilipun ngantos ngungkuli alis, lêgok-lêgokanipun kandêl kiyat, warninipun pinggir abrit mangar-mangar, ing nglêbêt wontên wulunipun, lèng-lènganipun ciyut, punika ingkang kalêbêt sae piyambak. (badhe kasambêtan)

R. Singgih

Pêkên Gawok, Surakarta.

--- 1037 ---

Bab Rajakaya

Nangkarakên Rajakaya tuwin Amblastêrakên

Sambêtipun Kajawèn nomêr 65.

Turunipun lêmbu Jawi kalihan lêmbu Bênggala ing sapisanan wangun lan warninipun taksih wontên saantawisipun kewan kalih wau, nanging yèn turun wau kajodhokakên kalihan lêmbu Bênggala tulèn, turunipun malih, dados turun kaping kalih, sampun saèmpêr lêmbu Bênggala tulèn. Dados yèn lêmbu asli tanah ngriki têrus kablastêrakên kalihan lêmbu Bênggala ing têmbe badhe dados lêmbu sae-sae.

[Grafik]

Lêmbu Gurayat, bangsanipun lêmbu Bênggala.

Sampun têtela yèn lêmbu Bênggala wau kangge tiyang bumi ing tanah Jawi ngriki sagêd anyêkapi kabêtahanipun sadaya, kangge tarikan cikar utawi grobag prayogi sangêt, kangge anggarap siti ugi langkung kiyat tinimbang lêmbu Jawi, kangge pragatan ulamipun langkung babar, pramila ingkang sami ngingah lêmbu èstri prayogi angudia sagêdipun macêkakên lêmbunipun kalihan lêmbu Bênggala wau. Sarta anjagia sampun ngantos kapacêk dening lêmbu jalêr Jawi ingkang kagolong alit. Tujunipun punggawaning dhoktêr kewan ugi tumut anjagi sarana lêmbu-lêmbu jalêr ingkang alit-alit wau sami dipun kêbiri.

Tiyang siti ing Jawi Wetan kadosdene ing Pasuruan tuwin Basuki taksih kathah ingkang rêmên dhatêng kêraban (balapan lêmbu) dados botên kathah ingkang rêmên dhatêng lêmbu Bênggala, nanging limrahipun lêmbu-lêmbu ing ngriku sae-sae, jalaran kajogan lêmbu saking pulo Madura, ingkang wontên ing ngriku turunanipun sampun kasaèkakên sarana lêmbu pamacêk ingkang sampun kapilih. Kangge prêluning anggarap siti tuwin tarikan, lêmbu wau ugi sampun anyêkapi.

Kajawi lêmbu saking Madura, ing ngriku ugi kathah lêmbu saking Bali ingkang ugi kagolong sae, malah lêmbu Bali punika kathah ingkang kabêkta dhatêng sanès nagari, jalaran kangge pragatan migunani sangêt, dados tiyang ngriku anggènipun nyaèkakên turunaning rajakaya milih lêmbu jalêr ingkang sae-sae, sarta ingkang alit-alit dipun kêbiri.

Sawênèhing tiyang sok angintên yèn lêmbu dipun kêbiri [kê...]

--- 1038 ---

[...biri] suda kêkiyatanipun, andadosakên kirang prayogi kangge nyambut damêl. Panyana makatên punika kalintu. Ugi lêrês kewan jalêr ingkang dipun kêbiri punika ical sipatipun jalêr. Dados kados kewan èstri, tutut, botên nakal, nanging mênggahing kêkiyatan panggah kemawon. Wah malih kewan wau kasênênganipun namung nêdha, pramila manawi sae pamiyaranipun enggal lêma, lan kangge pragatan migunani sangêt, jalaran ulamipun dados babar lan mêmês.

Dene lêmbu ingkang dêrês puhanipun, ing ngajêng sampun kacriyosakên inggih punika lêmbu Walandi lan lêmbu Ostrali, pramila ing nagari agêng tiyang ingkang sami miyara lêmbu pêrêsan ingkang dipun ingah lêmbu wau. Lêmbu Ostrali wêdaling puhan taksih kirang tinimbang lêmbu Walandi, nanging yèn kangge pragatan ulamipun langkung kathah. Lêmbu wau warni lan wangunipun mèh sami, sadaya sarwa panjang, sirah, gulu lan gêgêripun, kapuripun agêng anjêndhol, tanpa punuk, sanajan ingkang jalêr ugi makatên, wulunipun lêmbu Walandi limrahipun cêmêng blêntong pêthak, lêmbu Ostrali abrit. Wontên ing hawa asrêp pêdhèt-pêdhètipun sagêd subur nanging ing hawa bêntèr kathah ingkang dados bajang, pramila kangge pêrêsan ing tanah Jawi ngriki lêmbu wau tansah kaêjogan saking nagarinipun piyambak. Ing tanah Jawi Wetan kathah tiyang bumi ingkang amblastêrakên lêmbunipun Jawi kalihan lêmbu wau, prêlu kangge tarikan, sami-sami kangge prêlu makatên botên mênang kalihan yèn kablastêrakên lan lêmbu Bênggala. (Badhe kasambêtan)

Suryadi.

Waosan Lare

Nagara Mirasa

XII. Kêsèd bisa ambêdhah nagara Mirasa

[Balabak]

ki patinggi nuli alon apratela / mangkene / kula anggèr botên nama muk-umukan / yêktose / kôndha nyata kenging dipun nyatakêna / wontêne //

tumrap tiyang limrahipun sami ngira / nyalênèh / awit sintên ingkang badhea anggêga / wontêne / kajawi mung pinanggih wontên ing crita / lan dongèng //

mênggah kula tiyang ing ngriki sadaya / akêrèh / dhatêng ratu kang botên nate katingal / warnine / ing salami wontên salêbêting griya / mung ijèn //

botên beda kados tiyang pun kunjara / wontêne / dene mênggah kang kula wastani griya / yêktose / têtêlênging kadhatonipun nagara / kang anèh //

lan kadhaton wau têpung kaubêngan / amèpèt / pagêr tembok tanpa kori babarpisan / ubênge / lan ing jawi tembok ngubêngi nagara / wontêne //

ugi botên mawi kori satunggala / rak anèh [a...]

--- 1039 ---

[...nèh] '/ nanging tiyang ing nglêbêt ngriku sadaya / gêsange / sarwa ayêm têdha botên kêkirangan / kathahe //

kawasaning ratu ing ngriku punika / agêdhe / sagêd ngirup dhatêng sasamining tiyang / bawahe / malah nglanjak dhatêng ing liya nagara / marèmèn //

kang punika anggèr sangêt kula kudang / ing têmbe / mugi sagêd mêngku nagara punika / rak sae / kintên kula tamtu badhe kalampahan / dadose //

Kêsèd nuli amangsuli sanalika / anjêngèk / sintên tiyang kang purun dipun kunjara / ayake / namung tiyang ingkang botên purun gêsang / pantêse //

lan angguyu patinggi mangsuli kôndha / ta mangke / kamirêngna kula criyos ingkang cêtha / wontêne / yèn kagalih panjang anggèr tamtu karsa / kintêne //

lêrês tiyang kang wontên ngriku sadaya / gêsange / têtêp kados tiyang sami pun kunjara / nyatane / nanging botên wontên kang katingal kêra / badane //

awit nyata mênggah nagara Mirasa / anèhe / salêbêting nagari kêbak panganan / alèsèh / sampun êplêk kados nagara supênan / kabèhe //

môngka nyata anggèr sajakipun drêmba / titike / kathah tiyang nyênyaosi wangsul wadhah / limrahe / yèn makatên tamtu sagêd kalampahan / nglindhihke //

awit sintên tiyang ingkang mênang drêmba / nêdhane / angungkuli ratu nagari punika / adate / kalampahan sagêd mêngkoni nagara / dadose //

sanalika ing ati rada karasa / Gus Kêsèd / yèn mung didu mungguh prakara mêmangan / ayake / wani tandhing ngayoni wong sanagara / bok kabèh //

nuli ana wong têka karo anggawa / lèh-olèh / saka bungah anggone uwis kêlêgan / karêpe / jêjodhangan tur kabèh sarwa mirasa / titike //

barêng Kêsèd wêruh gêgawan sing têka / ngilêr cès / ing sawise kabèh digêlar nèng jogan / alèsèh / wong sing têka nuli ngadhêp karo kôndha / asarèh //

nuwun kyai mênggahing sowan kawula / yêktose / inggih dhapur namung angluwari ujar / ing mangke / bilih nyata sakitipun sampun saras / pun êbèng //

manthuk-manthuk Kêsèd kôndha anarima / batine / galêgêsan saka ora duwe kira / dadine / ing saiki dadi dhukun wah pêng-pêngan / sêmbure //

saundure wong mau tumuli mapan / Gus Kêsèd / wiwit mangan las-lês karo nyambi kandhan / mangkene / inggih paman yèn kula prakawis nêdha / awanthèn //

lan rumaos wêtêng botên kêbak-kêbak / rak anèh / ngatên malih cangkêm inggih botên sayah / mamahe / kula ngantos rumaos wêgah piyambak / de dede //

nuli clathu ki patinggi sêmu bungah / unine / kula sampun botên badhe kêkilapan / dadose / sampun môngga kula dhèrèkkên mariksa / ing mangke //

anggèr tamtu sagêd ambêdhah nagara / lan badhe / kalampahan dados ratu kang sakeca / larase / alah kôndha nyatanipun badhe cêtha / ing têmbe //

satêmêne Kêsèd durung pati cêtha / karêpe / awit kabèh ora kêtêmu ing kira / nalare / mula ya mung nurut karêpe sing kôndha / kapriye //

nuli budhal lakune sadalan-dalan / alèrèn / mung diarah aja agawe rêkasa / bacute / ing wusana lakune nganti sapasar / tutuge //

lah ing kono Kêsèd rumasa rêkasa / awake / awit tansah kêkurangan sabên dina / pangane [panga...]

--- 1040 ---

[...ne] '/ ing sakojur awake nuli karasa / acape //

ki patinggi bangêt anggone ngrêrêpa / unine / kadospundi anggèr raosing sarira / ing mangke / dene lajêng kêtingal sangêt rêkasa / wangune //

wis padatan Kêsèd sabên kêtowongan / pangane / banjur mak prêk tanpa duwe kêkuwatan / lan manèh / kudu ambruk saka rêkasa angglawat / awake //

bangêt bingung ki patinggi karo kôndha / dhuh anggèr / lah punika bètènging kitha kêtingal / ambête / sangêt eca bètènging kitha Mirasa / agurèh //

anjênggirat Kêsèd nuli mlaku rikat / ge-gage / saka ora kuwat ngambu mênyang gônda / enake / barêng cêdhak wêruh yèn temboke jênang / jêbule //

jênang dodol dhasar sing amili lênga / ambune / bangêt gurih anyire uwis karasa / nèng lambe / isih angêt ketok nganti kaya kaca / mancèrèt //

ki patinggi nuli kôndha gih punika / warnine / têtemboke inggih nagari Mirasa / nyatane / sintên sagêd ambêdhahna dados raja / kang kêdhe //

lah sumôngga anggèr dipun ayonana / saene / kula puji mugi sagêd kalampahan / bêdhahe / ora sabar Kêsèd tumuli tumandang / ing gawe //

tembok jênang banjur dikêrakot saka / ngêlèhe / nadyan panas ditekadi mangap-mangap / mangane / saka kuwat tembok kang sadhêpa dhadhal / dadine //

nuli mak blêng bisa mlêbu ing nagara / enggale / nanging tembok sawise dianggo dalan / lêbune / pulih manèh ketoke wis tanpa tilas / tabête //

ki patinggi arêp nusul ora bisa / mung dhewe / ana jaba lan ing batin wis angira / apêse / banjur bali kêmanisên lan anggagas / nyang Kêsèd //

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Ada-adaning Nagari Anggènipun badhe Paring Arta dhatêng Panggaotan Pribumi

Sambêtipun Kajawèn nomêr 64.

Garèng : Wis, Truk, ayo padha dibanjurake anggone rêrêmbugan karsaning nagara arêp ambantu bisane maju kopêrasining wong Indhonesiah, nanging pikiranamu aja tungkul malancong-malancong saparan-paran, mundhak ora karu-karuwan kadadeane.

Petruk : Kaya-kaya pikiranku saiki wis sawiji, awit durung suwe kiyi mêntas tak tambani obat warna-warna, kang bisa agawe jênjême atiku, kaya ta: tak galontori jamu cap kopi tubruk, tak untuti sêga wadhang mung sêtêngah wakul, sarana tak untali pil cap rêmpah gorèng rong losin.

Garèng : Wiyah, mêngkono kathik dianggêp jêjamu, kuwi rak sarapan bênggala arane. Wis, wis, ayo padha dibanjurake rêmbuge. Ing ngarêp aku wis carita, yèn kopêrasi mau bisa tumindak bêcik, manawa padagangan cilik-cilik kang arêp [a...]

--- 1041 ---

[...rêp] diêjori tansah ngudi golèk bathi akèh, lan kosok-baline kopêrasi mau mung narima olèh bathi sathithik, têgêse pangêdole, barang-barange luwih murah.

Petruk : Omongmu kuwi pancèn iya bênêr bangêt. Kajaba saka iku iya kudu dièlingi, yèn bôngsa inyong kuwi sabênêre ing bab gulat-gulêting laku kopêrasi, sing akèh isih kudu sinau dhisik.

Garèng : Kuwi wis karuwan, apa wong kuwi nyang apa-apa banjur ujug-ujug bisa bae, mêsthine iya kudu disinau dhisik. Apa manèh bab kopêrasi, prakara sing angèl sarta gawat, oraa kudu disinau, lagi mangan mae, iya kudu disinau dhisik. Apa kowe ora eling, nalikane kowe durung tau kumamul karo dara-dara priyayi, anggonmu mangan kaya apa, mangan jangan, ora kok sendhoki, nanging kok srutup, dalasan nyakot iwak bae, kang kok tiru dhoktêr gigi, yaiku mothol untune tanggamu, jalaran kok sampluk saka anggonmu narik iwak sing kok cakot mau. Nanging saikine, jalaran saka sêsrawunganamu para jamhur-jamhur bae, caramu mangan sathithik-sathithik iya rada mèmpêr kaya priyayi. Dadi lagine mangan bae wajib kudu disinau dhisik, apa manèh ing bab kopêrasi. Hla nèk saikine bangsaku kiyi ora tumuli nyinau, besuk kapan bisane. Wis mêsthi bae, yèn kawitane bakal nandhang karugian, nanging kenene ora prêlu banjur cilik atine, ngêmungake ngèlingana marang paribasan Walônda kang unine mangkene: jalaran saka karugian utawa kaisinan, wusanane bisa dadi pintêr. Lho, rak iya mêngkono wong urip kuwi.

[Grafik]

Petruk : Wadhuh, Kang Garèng kok mêtu buntêlane, kathik kaya bocah sing wêton uniplêkèthèt.

Garèng : Wiyah, jênênge rak unipèrsitèt (Universiteit) yaiku sêkolahan kumpule pamulangan luhur warna-warna, balik uniplêkèthèt kuwi rak suwaraning bayi masuk angin.

Petruk : Ora Kang Garèng, nèk saka sêsurupanku, kaya-kaya wis akèh bangsaku sing wis padha miwiti ngadani kopêrasi kuwi, antarane ana sing dadi gêdhe, ana sing tungkul mênggik mênthol, nanging iya ana sing wis ngêlèng babarpisan. Nèk kira-kiraku, kopêrasi-kopêrasi sing wis padha diêdêgake wong bumi kiyi, sing dadi mumbul lan sing jênêng swargi, bokmanawa akèh sing wis swargi. Lho, wong kuwi nèk amiwiti utawa anyinau apa bae, wis mêthinemêsthine. yèn kawitane bakal nandhang karugian [ka...]

--- 1042 ---

[...rugian] utawa sok kêjlungup, nanging rak iya kudu ana kalane utawa ana pangarêp-arêpe bisa anjênthir, balik nèk sabên-sabên tansah tiba kongsêp bae, suwe-suwene iya mêsthi banjur bosên. Kuwi dak têpakake nyang awakku dhewe nalikane aku durung bisa main bakaran. Ing sarèhning sing diarani wong onwikêl (ontwikkeld) kuwi kudu mêruhi ing bab apa bae, supaya aja nganti aku diarani ora onwikêl, aku banjur mrêlokake nyinau main bakaran. Dilalah main sapisan, blanjaku sêsasi lan pursêkotku têlung wulan, têka jablas kabèh, dalasan barang-barang silihan sing tak ênggo, kathik mèlu katut. Awit kuwi aku banjur sumpah, tak tobatake têmênan mèlu main bakaran.

Garèng : E, kok padha karo aku. Nalikane aku diwènèhi bakmi bakyumu, manganku rada kêladuk nganti kêmlakarên, kalasamono aku sumpah tak tobatake mangan bakmi manèh. Nanging barêng wêtêngku wis mêdhun, kiraku nèk diwènèhana bakmi manèh, iya saguh nglabasake têlung piring. Hêm, kok wis mêngkono panglipure wong doyan main kuwi, nèk êntek-êntekan dhuwite, sumbare ora bakal main manèh, nanging nèk ing têmbe buri olèh rêjêki sathithik bae, banjur yab-yaban ora tau saba omah. Ning karêpe omongmu kuwi kira-kirane aku ngrêti, rak mangkene ta: wong amiwiti utawa anyinau ngadani panggaotan utawa kopêrasi, kuwi wis mêsthine yèn sakawit bakal olèh karugian, nanging karugiane mau bok aja agawe sangsarane.

Petruk : Hla, iya mêngkono kuwi. Kowe rak iya sumurup dhewe, ta, wong Jawa kuwi lumrahe ora oluwi, nanging sing akèh malah buluwi, dadi nèk arêp nganakake kopêrasi kuwi, anggone nglumpukake dhuwit kanggo pawitane, dilakoni sarana threthekan têmênan, wusanane barêng wis dadi, saka kliruning panindake, utawa sabab saka kuranging sêsurupane anggone ngadani, pawitane bisa banjur dadi ludhis babarpisan. Mara, apa kiyi ora jênêng sangsara mêncit têmênan. Saikine akale bae kêpriye, supaya kopêrasine bisa tumindak, nanging ing têmbe burine aja nganti gawe sangsara bangêt-bangêt.

Garèng : Wah, akale mono iya akèh, nanging apa iya bisa mitulungi, kuwi walahualam, awit kabèh-kabèh sabênêre mung gumantung nyang pratikêle wong sing nandangi dhewe, salah sawijining akal, kayadene mangkene: wong-wong sing arêp miwiti nandangi kopêrasi aja dêdunung ana ing panggonan kang tumindaking dêdagangan cilik-cilik wis bêcik, ning, yak, wong arêp ngrêmbug karsaning nagara anggone arêp paring pitulungan ngutangi dhuwit, kok banjur talencengan nyang bab liya, wis, wis, samene bae dhisik.

--- 1043 ---

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Kawrat kêkancingan gupêrmèn ingkang kagiyarakên ing undhang-undhang tanggal 24 April, ing bab ewah-ewahan artikêl 7, 9, 55, 72 Staatsregeling Volksraad (Inl. meederheid) tuwin sanès-sanèsipun. Ing sapunika tumindak wêwahing warga tiyang siti tumrap polêksêrad, dados 30, lan tumrap Raad van Indie wêwah 2. Tumindaking wêwahan wau tumrap polêksêrad wontên ing taun 1931, lan tumrap Raad van Indie salêbêtipun taun punika.

H.I.S. Budi Arja ing Bogor ingkang rumiyin kawartosakên badhe kabikak wontên ing wulan Sèptèmbêr ngajêng, sampun kabikak ing wulan punika.

Nusuli pawartos, lare nama Buyin ing Sugihan, Salatiga, ingkang kabêkta dhatêng C.B.Z. ing Sêmarang jalaran kenging patruman, kalajêng ngajal, namung ngumur 24 jam (M.K. 338).

Lulus dados Ind. Arts wêdalan N.I.A.S. Radèn Sutana, asli saking Purwarêja.

Ing tanah Jawi badhe kadhatêngan sêtudhèn bôngsa Jêpan saking pamulangan luhur ing Osaka cacah 30, dipun pangagêngi ing propesor-propesor sawatawis. Dhatêngipun wau kajawi nyarêngi nuju liburan, ugi prêlu gêgayutan bab sinau. Anggènipun wontên ing tanah Jawi kintên-kintên 3 minggu.

Juru anggantung ing Batawi sampun bidhal dhatêng Medhan, badhe anindakakên wajibipun, anggantung tiyang bôngsa Batak kêkalih tuwin tiyang ingkang mêjahi Nyonyah Landzaat.

Angsal-angsalaning beya palabuhan ing Tanjungpriuk ing wulan kêpêngkêr wontên f 1.948.000.-, tumrap barang-barang partikêlir, tuwin f 41.400.- tumrap barang-barang gupêrmèn, dados gunggung f 1.989.400. Tinimbang wulan ingkang kapêngkêr malih kathahipun langkung f 130.700.-

Lulus kandhidhat iksamên bagian kapisan ing pamulangan luhur pangadilan Radèn Kuncara Purbapranata, Radèn Mas Kusumasaputra, Mas Darma, Ashari, Suryakusuma, P. Noer, Sie Jong Djoe tuwin Hoe Sik Jong. Lulus ing bagean kaping kalih: Injo Beng Gwat, Radèn Sulisti tuwin R.S. Bratasewaya.

Ing Binji wontên bôngsa Tionghwa Tuwan Tan Lam San juru basa landrad, kawisudha dados jaksa. Sawêg sapisan punika wontên bôngsa Tionghwa dipun angkat dados jaksa.

Parentah anêtêpakên, bilih sêsêbutan radèn ingkang asli ganjaran ugi turun-tumurun.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 3139 ing Sadiarja. Amrih sagêd pikantuk gratis, kêdah nglêbêtakên tiyang 4 kanthi pêmbayaranipun, sarta kêdah ingkang sarêng.

Lêngganan nomêr 2873 ing Wlingi. Ingkang prêlu panjênêngan namung kêdah ambayar f 1.- inggih punika tumrap wulan Agustus lan Sèptèmbêr, dene ingkang f 1.50 tumrap kuwartal 4, dados taun punika sampun lunas.

Wangsulan saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 3705 ing Sidayu. Ingkang sade buku ingkang panjênêngan dangokakên Depôt v. Leermiddelen ing Wèltêprèdhên.

Lêngganan nomêr 31 ing Siantar. Ingkang sade Kawi Javaansch Woordenboek Depôt v. Leermiddelen ing Wèltêprèdhên, rêgi f 6.25. Volksalmanak basa Sundha sampun dangu wontênipun, bab ngintuni gambar prayogi, manawi sae badhe kapacak.

Lêngganan nomêr 2963 ing Panekan. Gambar ingkang panjênêngan ngandikakakên, manawi wontên cêcariyosanipun, prayogi kakintunakên.

Tuwan A. Sutanta ing Bandhung. Kintunan panjênêngan pakabaran asli prêtalan saking sêrat kabar, botên kapacak, amargi kamanah kirang prêlu. Dene bab gambar ingkang badhe kadamêl kêlise, inggih namung kakintunakên gambaripun kemawon.

Lêngganan nomêr 3313 ing Surakarta. Buku padpindêr basa Mlayu botên wontên.

Bab Buku

Redhaksi Kajawèn mêntas nampèni prêsèn buku saking Boekhandel M. Diwarna ing Kutha Gêdhe, nama piwulang olah-olah, isi wêwarah olah-olah 185 warni, rêgi f 0.85. Buku wau migunani tumrap para wanita.

Redhaksi ngaturakên panuwun.

--- 1044 ---

Wêwaosan

Sêrat Bayan Budiman

Karanganipun Mas Arjawiraga.

20.

[Mijil]

kyai patih dyan anggambar malih / plêk lan kang kacriyos / nulya mundur sing ngarsèng pamase / apan arsa tumindak ing kardi / sri nata samangkin / têntrêm anon wujud //

ri sampuning tata-tata nuli / kyai patih bodhol / numpak palwa ambabar layare / tiniyuping angin mikantuki / lêpas lir jêmparing / arikat sumêbut //

lampahe kang palwa wus nyakêti / palabuhan katon / palwa alon cinakêtkên lèrèn / wusing aso wau kyai patih / nulya mèt pawarti / anyamar ing laku //

wosing sêdya amung ngangin-angin / lamun antuk wartos / ing dununging putri sajatine / kadi gambar kang pinêtha sami / nanging mêksa sêpi / tan nate kêpranggul //

kyai patih wus anjajah tapis / anèng praja katog / kongsi judhêg datan antuk gawe / ing wusana adarbe pamanggih / atêtanya maring / pra nangkoda prau //

lan nêdahkên gambaraning warni / apan samya gawok / lan sajarwa yèn ing salamine / anjajah ing praja môncanagri / dèrèng amanoni / wanodya kadyèku //

judhêging tyas mung kèndêl ki patih / lênggah dhêlog-dhêlog / ciptanira datan liya mangke / amung arsa nis mring liyan nagri / sawusing miranti / budhal maring Ngêrum //

sapraptaning Ngêrum kyai patih / ngangin-angin wartos / ananira putri sadayane / yèn ta antuk kang mèmpêr ngiribi / samana winarni / katrêm nèng Rum lulus //

dangu-dangu ki patih mrangguli / wruh putrining katong / dahat endah sang putri citrane / lan wus saplak lan gambaring putri / suka kyai patih / nulya cipta wangsul //

lawan antuk warta kang sajati / yèn putrining katong / dèrèng krama prapta ing samangke / ambêg wêlas mring sasami-sami / satêmah nungtumi / palakrama lumuh //

jalaraning dènnya lumuh krami / nênggih kacariyos / sacakêting kadhaton anane / amarêngi nuju madya ratri / tandhane kêtitik / latu agung murub //

urubira kang latu ambêsmi / marang ing pagupon / sanggyaning kang dara bingung kabèh / kang atuwa abur angidêri / yèn pindhaning janmi / kadya minta tulung //

salêbêting pagupon kapyarsi / swarèng dara anom / maksih piyik anyuwara rame / wus nyakêti kêtungkêp ing gêni / biyung ambingungi / dènnyarsa têtulung //

wusing tita datan antuk margi / tyas dahat kuwatos / kiraning tyas yêkti datan sande / sutanira palastra kêbêsmi / ing wusana wani / nrajang latu murub //

angrungkêbi mring sutane sami / kang wus êmèh layon / ingayoman ngisor suwiwine / ing wusana katungkêp ing gêni / sadaya nêmahi / luluh dadya awu //

duk samana sang putri udani / salwiring lêlakon / kang tinêmu pêksi sadayane / têmah mawèh trênyuhing panggalih / tumanêm nêrusi / kongsi arawat luh //

pan ing mangkya kang sabda kawijil / ing salami lumoh / datan arsa palakrama mangke / awit ciptanira angèngêti / mring kang kawlasasih / mung anggung kadulu //

têtêping kang pangandika mangkin / wrata sagon-ênggon / mawèh gawok maring sadayane / ugi datan pae kyai patih / nalika miyarsi / gêtun pungun-pungun //

nanging wantuning kiyai patih / warangkaning katong / datan samar sadaya tindake / datan murut sêdyane ing wuri / mangkya wangsul malih / sowan mring kang ngutus //

sapraptaning praja sowan nuli / kampita sang katong / wus angira lamun antuk gawe / dyan andangu marang kyai patih / paran bapa patih / ing lakunirèku //

aturira alon kyai patih / dhuh-dhuh gusti yêktos / antuk damêl nanging sajatine / namung kandhêg wontên ing pawarti / kyana patih nuli / matur kongsi urut //

dahat lêgêg wau sri bupati / duk mirêng pawartos / nuli dhawuh alon ngandikane / bapa patih bêcike saiki / tumulia bali / marang praja Ngêrum //

ngêngudia amrih antuk kardi / sambada kalakon / rah-arahên priye kapenake / sira yêkti tan mindho gawèni / poma-poma patih / aywa kongsi wurung //

kyai patih matur nyandikani / èsêmira katon / jroning batin anggagas mangkene / têka katon dêrênging panggalih / dupi antuk titik / têtêping panuju //

nulya budhal ki patih tumuli / raosirèng batos / amêmuji ing kalampahane / ywa kuciwa dinuta ing gusti / marma jroning ati / prihatin kalangkung //

lampahe kang palwa antuk angin / ajêg alon-alon / tan kasêsa nanging prapta age / anèng Ngêrum dyan tumêdhak nuli / samana ki patih / nêntrêmakên laku //

ri sampuning sawatara ari / kyai patih katon / nyewa wisma alit amung cèklèn / asarana lir alampah grami / candhak kulak wani / kawuryan sêmpulur //

mung ing batin tansah nganti-anti / gathuking lêlakon / kadi paran kang tinêmu têmbe / marma datan pêgat kyai patih / anggung mèt pakarti / mrih lulus tinêmu //

duk samana nuju wanci enjing / nyarêngi lêlakon / putri nata nylamur lan abdine / alêledhang taliti mriksani / doning wong agrami / jroning praja kêmput //

dupi prapta dununge ki patih / kandhêg mulat alon / nulya dhawuh marang ing abdine / andangua marang kang agrami / asli saking pundi / dene praptèng ngriku //

tan sawala abdi nulya manjing / sarwi atêtakon / mênggah kyai pundi pinangkane / kyai patih kang nuju nêngahi / nyrêmpêng nambut kardi / nolih sêmu gugup // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1045] ---

Ôngka 67, 15 Mulud Taun Ehe 1860, 21 Agustus 1929, Taun IV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Balumbang Kangge Ngingah Ulam ing Minahasah

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar balumbang panggenan ngingah ulam êmas. Kajawi punika ugi dipun angge padusan.

--- 1046 ---

Pawartos Wigatos

Nata ing Siyêm

Sambêtipun Kajawèn nomêr 66.

Manawi para maos angèngêti dhatêng kawontênaning agami Budha ingkang tumindak ing nagari Siyêm, kados ingkang kawrat ing Kajawèn nomêr 66, kêtingal mênggahing kinaning tatacaranipun, nanging manawi mirid saking gumêlaring kamajêngan, tiyang namung sagêd mastani bilih praja Siyêm punika majêng sayêktos. Mênggah lajênging cariyos babadipun nagari SiyêsSiyêm. kados ing ngandhap punika:

Ing ngajêng sampun kacariyosakên, bilih sajumênêngipun Prabu Chulalonkorn, praja Siyêm wiwit ngambah kamajêngan, sampun tamtu kemawon kamajêngan wau dipun lajêngakên saha dipun sampurnakakên dening prabu rama VI suwargi tuwin prabu rama VII, inggih nata ingkang jumênêng sapunika, punika sami putranipun Prabu Chulalonkorn. Kawontênaning rencang tumbasan dipun icali, pakaryan irigasi dipun wontênakên, ing pundi-pundi dipun wontênakên tèlêgram tuwin tèlêpun, pranatan nata praja dipun ewahi cara kilenan, dipun wontêni ministêr-ministêr tuwin pakaryan gupêrmèn. Murih kasêmbadaning kamajêngan wau, sang prabu andhatêngakên para ahli, sakawit saking Eropah, dangu-dangu lajêng saking Amerikah, dipun patah dados adpisiring pakaryan nagari. Kajawi punika sang nata nyadhiyani arta kangge waragat para mudha Siyêm ingkang nglajêngakên sinau dhatêng Eropah, dene para pangeran, sadaya kemawon sami angsal pangajaran wontên Eropah, wontên ingkang sinau ing pamulangan luhur utawi sinau wontên ing pamulangan upsir.

Wêkasaning abat ingkang kaping 19, praja Siyêm pêrang kalihan Prancis, ingkang anjalari dados karibêdanipun praja Siyêm, nanging jalaran ingkang kados makatên wau, praja Siyêm lajêng kêpêksa ngewahi pranataning prajuritipun kados cara kilenan, ing ngriku lajêng ngawontênakên pranatan, sadaya tiyang jalêr kêdah dados prajurit. Ing sapunika praja Siyêm anggadhahi prajurit 20.000, sami adêdamêl anyêkapi, saha pangajaranipun botên beda prajurit kilenan. Cacah samantên punika awujud prajurit adêdamêl sanjata, adêdamêl mriyêm, prajurit kapalan, anggêgana, dandos-dandos, wadya rumêksa kawilujêngan lan sasaminipun. Prajurit 20.000 wau namung tumrap manawi nuju môngsa têntrêm, dene manawi wontên pêpêrangan sagêd ngantos dados 100.000.

Dene ingkang sagêd damêl majêngipun praja Siyêm ingkang saèstu, punika ing bab wontênipun margi sêpur. Ing taun 1892 praja Siyêm damêl prajanjian kalihan pirmah bôngsa Eropah, yasa margi sêpur saking Bangkok dumugi Ayudya, botên dangu malih dipun wontênakên dhepartêmèn ing bab pakaryan sêpur. Ingkang nuntun ing sakawit bôngsa Jêrman, ing taun 1897 lampahing sêpur wiwit tumindak, lan wiwit [wi...]

--- 1047 ---

[...wit] punika anggèning damêl margi sêpur saya majêng, margi sêpur ingkang sisih kidul dipun gathukakên kalihan Malaka, jalaran punika, lajêng wontên lampahing sêpur Bangkok-Penang-Singapoera, dene ingkang sisih wetan, samangke sampun dumugi tapêl watêsipun Indo-China. Saupami Indo-China anggènipun nandangi margi sêpur kadosdene Siyêm, bokmanawi sampun dangu wontên sêpur saking Bangkok dumugi Saigon. Ing samangke ingkang mangagêngi margi sêpur wau sampun bôngsa Siyêm piyambak. Kajawi punika, praja Siyêm sangêt anggènipun pambudidaya murih bôngsa ngamônca sami mara tamu, dene pambudidayanipun murih para tamu wau sakeca, nagari ngawontênakên hotèl kalih iji, ingkang nyêkapi kabêtahan, makatên ugi sêpur èsprès ingkang lumampah saking Bangkok dhatêng Penang, sae saha prayoginipun, ngungkuli èsprès ing nagari bêntèr sanès-sanèsipun.

[Grafik]

Prabu rama VII inggih Prajadhipok.

Ing bab kasarasan tuwin bab kalantipaning budi, inggih dipun udi, kados ta wontênipun taman pustaka Vajarinana ing Bangkok punika agêng sangêt pigunanipun. Kajawi punika wontênipun Instituut Pasteur tuwin griya sakit Chulalonkorn saha tatanan Roode kruis, ingkang ing ngriku nindakakên pakaryan kasarasan. Sadaya wau tumindakipun ing sakawit saking pitulungan tuwin tuntunanipun bôngsa kilenan, danguning dangu bôngsa kilenan ingkang nyambut damêl ing praja Siyêm wau saya suda, lan ingkang mangagêngi inggih ngêmungakên bôngsa Siyêm piyambak. Sagêdipun tumindak kawontênan ingkang makatên wau, awit sêsarêngan ngewahi kanthi kêncêng. Ing kala rumiyin, ing bab wulangan, punapadene tumrap lare, punika ingkang nindakakê-

--- 1048 ---

[Grafik]

Gambar nginggil piyambak, Sri Nata Siyêm nalika mariksani paradhe wontên ing Batawi. Têngah nalika mariksa wadya baris. Ngandhap, pramèswari nata kalihan nyonyah de Graeff.

n para sogata Budha. Lare-lare dhusun sinaunipun wontên ing pondhok, dipun wulang maos lan nyêrat punapadene ing bab bêbudèn Budha sawatawis, dene wontênipun sêkolahan cara kilenan punika kala taun 1871, saha salajêngipun sêkolahan cara kilenan wau saya [sa...]

--- 1049 ---

[...ya] wêwah-wêwah. Kawontênaning para sêtudhèn ingkang sami kakintunakên dhatêng Amerikah tuwin Eropah, punika dados pasaksèn mênggah inggiling pangajaranipun pamulangan ing Siyêm. Saya langkungipun majêng malih tumraping para lare, sarêng prabu rama VII ngêdêgagên padpindêr. Ing sapunika cacahipun padpindêr ing Siyêm sampun wontên 40.000.

Manawi mirid kawontênanipun praja Siyêm kados ingkang kapratelakakên ing nginggil, kamajênganipun sairib kados tanah kilenan. Nanging mênggahing sayêktosipun, sawêg pinanggih wontên ing jawi kewawon,kemawon. awit kawontênanipun tiyang Siyêm cacah 10 yuta punika, ingkang kathah tiyang tani, tuwin tataning têtanèn taksih prasaja sangêt. Kajawi punika jiwanipun praja Siyêm punika botên bôngsa Siyêm kemawon, ananging ugi kawoworan bôngsa Burma, Tiyonghwa, Malayu tuwin sanès-sanèsipun, mila pambudidayaning parentah, murih tiyang wau sagêd lumintu ajêngipun, katuntun sarana tumindak dados prajurit tuwin padpindêr, awit mênggahing saradhadhu, punika botên ngêmungakên sinau dhatêng pêpêrangan, nanging ugi nênuntun dhatêng raos kabangsan, sumêrêp dhatêng wajib lan sasaminipun, makatên ugi padpindêr.

Inggil-inggiling kamajêngan kilenan ingkang dipun telad wontên ing ngriku punika pamulangan luhur, dipun êdêgagên kala taun 1911, ing sakawit pamulangan luhur wau namung kangge calon pangrèh praja tuwin dhoktêr, samangke warni-warni, inggih punika adpokat, dhoktêr, insinyur lan ahli kagunan tuwin kawruh. Samantên mênggah babadipun nagari Siyêm.

Pungkasaning karangan punika, namung ngalêmbana, dene kajênging praja Siyêm kasêmbadan kanthi lampah lon-lonan tanpa sambekala.

Kawruh Sawatawis

Bab Wirasating Manungsa Mêndhêt saking Kawruh Tionghwa

Sambêtipun Kajawèn nomêr 66.

Wondene ingkang winastan kuping tikus, kuping kayu, kuping gêni, tuwin kuping wulu panah, punika unyêng-unyêngipun malik, punika kuping ingkang awon. punapadene kuping ingkang cêkak alit lan lêmês, punika ugi awon sangêt, tumrap tiyang ingkang gadhah kuping makatên wau, wiwit saking ngumur nèm sampun botên gadhah kabêgjan, mandar sêpuhipun, sanak sadhèrèkipun kathah ingkang sial, ananging ingkang makatên wau, inggih botên kenging dipun ugêmi manawi namung nitik candranipun kuping kemawon, kêdah nitik saking nalar sanès-sanèsipun.

Mripat kiwa, sae ingkang rêsik utawi padhang cumalorot, punika wahananipun sugih bêgja daulat saha kinasihan.

Mripat têngên, sae ingkang manikipun cêmêng. Tiyang manawi manikipun katingal cêmêng mêlês, sagêd gadhah pangkat [pang...]

--- 1050 ---

[...kat] utawi kalênggahan.

Mripat kalih wau pêthak tuwin cêmêngipun sae ingkang wijang, sarta agêng tuwin panjangipun sae ingkang sami, manik ingkang kathah cêmêngipun, tuwin ingkang pêthak cumalorot, punika wahananipun sabarang ingkang kagarap sagêd lêstantun sêtiti ngati-ati, manawi mripat cêmêngipun namung sakêdhik, pêthakipun kathah sêmu jênè utawi abrit mangangah, punika botên sae, wahananipun katunan bapa biyung, liripun taksih alit sampun lola, punapa malih asring damêl bilaining anak bojo, tuwin anêlas-nêlasakên barang darbèkipun, sugih sêngkala tur cêlak umuripun.

Dene mripat punika, ingkang sae piyambak, cêmêngipun ingkang mêlês, kados cêmênging cèt, pêthakipun ingkang bêning kados marmêr. Clorotipun gumêbyar, tiyang ingkang gadhah mripat makatên punika tamtu misuwur namanipun.

Bilih tiyang mripatipun kados mripating pêksi cohung (mêrak) utawi kados mripating dhandhang, punika wahananipun sagêd sugih arta.

Dene mripat ingkang kados mripating sawêr, tawon, menda, tikus, ayam, babi, mina, tuwin kapal sarta manikipun sêmu pêthak sêmburat abrit, cêmêng tuwin pêthakipun bêlawur, mlolo botên bêning, punika awon sangêt, wahananipun bodho, wangkal, apêsan.

Wêwanguning alis, kaperang dados wolung perangan kados ingkang kapratelakakên ing ngandhap punika.

1. Alis naga, warninipun agêng panjang. | 2. Alis naga, warak, warninipun alus sap-sapan. | 3. Alis naga, alus arang. | 4. Alis naga, ngulêr sutra turu. | 5. Alis naga, pêdhat-pêdhot. | 6. Alis naga, setan (rêgêd kasar). | 7. Alis naga, arang-arang sumêbar. | 8. Alis naga, rêsik alus.

Mênggah alis punika ingkang sae, inggil, wijang, alus papak, malêngkung panjang ngungkuli panjanging mripat, tiyang ingkang alisipun kados kasbut nginggil punika kasinungan budi wêgig ing sabarang rèh, sarta kathah maklumipun, wiwit nèm sagêd sugih.

Bilih tiyang ingkang alisipun lêmbat, kêtêl gilap, punika gathèkan sabarang karya, sugih rêjêki, panjang umuripun, dene manawi tiyang alisipun wadhak (kasar) sêmu jêne, wangunipun pating balengkrah, tancêbipun andhap, cêlak kalihan mripat, adêging wulu nungsang, cêlak-cêlak kakên pating palêsat, utawi pating prênthil, punika wahananipun awon sangêt, kathah sambekalanipun, wah boros panggarapipun dhatêng arta.

Pasu, sae ingkang lêncêng utawi inggil, botên pèsèk, katingalipun rêsik utawi asri, punika winastan: sankin. Têgêsipun, oyoding ardi (sana = ardi, kin = oyod) tiyang manawi pasunipun kados ingkang kapratelakakên kados ing nginggil wau, wahananipun mêsthi gangsar sandhang têdhanipun, tuwin sagêd singgah rahayu, manawi tiyang gadhah pasu agêng ing môngka mawi galêr-galêring rajah, punika kawastanan :

--- 1051 ---

ap lya san kin, têgêsipun: ambêlêging oyod ardi (ap = ambêlêg utawi kêjêglong. Lya = uwis. San = ardi. Kin = oyod) wahananipun, sadaya anak putunipun botên sagêd rahayu, kathah sambekalanipun, têlas-têlasan barang darbèkipun sarta sagêd damêl bilaining anak bojonipun. Alis kiwa, sae ingkang panjang, wahananipun sagêd ngalap daulating Allah.

Alis têngên, sae ingkang radin, wahananipun manawi tiyang jalêr sagêd mêngku bojo ayu. Dene manawi tiyang èstri tamtu kawêngku ing tiyang bagus, wah sugih anak sigit-sigit. Punapadene tiyang ingkang alisipun kasar tuwin cêmêng gilap, longkangipun kalihan mripat langkung inggil sarta gandhèng lan balunging grana, punika wahananipun sugih rêjêki tuwin daulat.

Sanginggiling grana, ing lowahan satêngah lowahaning mripat kiwa têngên, manawi wangunipun bundêr, wahananipun ing têmbe anggadhahi pangkat utawi kalênggahan.

R. Singgih. Pêkên Gawok, Surakarta.

Bab Rajakaya

Nangkarakên Rajakaya tuwin Amblastêrakên

Sambêtipun Kajawèn nomêr 66

Yèn prêlu kapilala puhanipun pancèn turuning lêmbu makatên prayogi sangêt, nanging ngingah lêmbu puhan limrahipun wragadipun awis, awit pakanipun kêdah sae, kêdah dipun pakani bubur jagung utawi wos, sarta lajêng kêdah kèndêl, botên kenging kadamêlakên. Sarèhning tiyang siti ing tanah Jawi limrahipun ngingah rajakaya namung kapêndhêt damêlipun, dados kangge anyaèkakên turunaning rajakaya prayogi kalihan bibit lêmbu bênggala.

Dene ngingah kapal beda kalihan ngingah lêmbu utawi mahesa, awit kewan wau ingkang limrah namung kapêndhêt damêlipun, awis ingkang migunakakên kangge pragatan, pramila peranganing badanipun kêdah sarwa kiyat, rongkonganing dhadha ingkang agêng, supados panggenaning kêbuk lan jantung sagêd ombèr, prêlunipun ambêganing kapal sagêd landhung, dados tahan dangu dhatêng padamêlan awrat. Gulu kêdah kandêl saha cêlak, nanging ingkang gampil kadhingklukakên, supados yèn dipun kêndhalèni gampil manut kajêngipun ingkang ngêrèh, awit kêndhali punika kêdah mapan ing uwang ngandhap ingkang botên kathukulan ing untu, perangan punika ingkang gampil kraos sakit, pramila siya-siya sangêt yèn dipun pasangi kêndhali rangah. Kapal ingkang angèl kadhingklukakên kêndhalinipun lajêng botên manggèn ing ngriku nanging landhêsan gusi, punika sok angèl rèh-rèhanipun. Pundhakipun kêdah panjang supados jangkahipun sagêd panjang, [pa...]

--- 1052 ---

[...njang,] gêgêripun kêdah cêlak, punapa malih yèn kapal kangge tumpakan, sukunipun kêdah trincing, yèn dipun tingali saking ngiringan ambalèbèk, yèn saking ngajêng alit, nanging sambêtaning balung kados ta ing dhêngkul ngajêng katingal ambadhegol, dene daging sangandhaping pok buntut ngantos otot suku wingking ingkang malêngkung. Wêwangunan ingkang makatên wau sadaya limrahipun dumunung ing kapal ingkang kagolong sae.

[Grafik]

Pranakan kapal sandêl ing tanah Jawi.

Ing Indhonesiah ngriki tiyang bumi ingkang rêmên ngingah kapal sarta kapalipun sae-sae inggih punika ing pulo Sumba, Sumbawa, tanah Batak, tanah Priyangan, lan sawatawis ing tanah Kêdhu. Ananging kapal wau taksih kagolong alit-alit, pramila nagari ugi angrekadaya anyaèkakên turunipun sarana ngawontênakên pamacêk ingkang sae. Kadosdene ing tanah Priyangan tiyangipun siti kathah ingkang rêmên dhatêng têgar, dados ingkang dipun kajêngakên kapal ingkang agêng tuwin ingkang kiyat, pramila ing ngriku kathah ingkang kaparingan pamacêk kapal Ostrali tuwin kapal sandêl.

Ing pulo Sumba ingkang kapalipun sampun kasuwur sae-sae, nanging taksih kuciwa dene kagolong alit-alit, pramila turunipun ugi kaagêngakên sarana kaparingan pamacêk kapal Ostrali tuwin kapal Arab, kapal wau pancèn golonganing kapal agêng. Dados manawi anggènipun amblastêrakên sagêd lajêng, kapal ing ngriku badhe dados kapal ingkang sae lan nyêkapi

--- 1053 ---

ukuranipun.

Ing sarèhning ngingah kapal punika agêng alit awon lan sae mênggahing têdha lan pamiyaranipun sami kemawon, pramila kapal-kapal ing tanah Jawi ngriki ingkang taksih kalêbêt kirang ukuraninukuranipun. prayogi kablastêrakên kalihan kapal ingkang agêng.

Tiyang-tiyang bumi ingkang sami gadhah kapal èstri kangge momotan kathah ingkang botên anjagi dhatêng turuning kapalipun, awit kathah ingkang kapacêk dening kapal jalêr ingkang kagolong alit. Ingkang makatên punika manawi kalajêng lajêng kapalipun badhe dados awon-awon sadaya.

Sampun sawatawis taun sapriki nagari ugi anyaèkakên turunipun kapal-kapal wau sarana kaparingan kapal pamacêk. Pamacêk wau kasade utawi kagadhuhakên dhatêng dhusun ingkang kathah kapalipun. Supados botên kantu kangge sadhiyan, nagari damêl Stoeterij wontên ing Padhalarang, inggih punika panggenan kangge nangkarakên kapal ingkang sae-sae, ingkang bêlonipun jalêr calon sadhiyan kangge pamacêk ing sanès panggenan.

Sukardi. Keurmeester Panaraga.

Gapura Taman Sriwêdari ing Surakarta Jugrug

Pawartos ing bab jugrugipun gapura Taman Sriwêdari sampun dumugi ing pundi-pundi. Dene têrangipun jugruging gapura wau kala ing dintên malêm Kêmis tanggal 7 wulan punika, ing ngriku nuju wontên têtingalan. Rahayu dene jugrugipun wau nuju sêla botên kathah tiyang, ewadene ugi taksih wontên tiyang tiga ingkang manggih kasangsaran, kêjugrugan gapura, satunggal putung sukunipun, ingkang kalih tiwas ing sanalika ngriku.

Sampun limrah sabên wontên kasangsaran ingkang nyalênèh, tiyang sok lajêng tuwuh pangothak-athikipun ingkang lèrèg dhatêng gugon-tuhon, wontên ingkang mastani dados sasmita, nanging sasmita punapa botên sagêd mastani, sawênèh ngintên jalaran saking wingiting panggenan, sapisan Sriwêdari punika ing kinanipun calon kraton, sabotên-botênipun tamtu anggadhahi halat. Lan malih saking cariyosing ngakathah, loji Sriwêdari punika wingit sangêt, kathah kaelokanipun, kados ta swara tanpa rupa, tuwin sanès-sanèsipun, mila ingkang manggèn ing ngriku awis ingkang lulus lami. Dalah ing bab pêjahing kewan-kewan ingkang dipun ingah ing ngriku, ugi jalaran kêbêkta saking pangganggu damêlipun ingkang sêmara siti. Wontên gugon-tuhon malih, jugruging gapura punika, jalaran adêgipun cêlak kalihan wit asêm, ingkang kinanipun karan asêm Sabuk Janur, manggèn sakilèning margi pratigan dhatêng kampung Gumuk.

Mênggah wontênipun karan uwit asêm Sabuk Janur wau makatên: ing kina wontên guru dhugdhèng nama Kyai [Kya...]

--- 1054 ---

[...i] Sabuk Janur, gêgriya ing wêwêngkon salêbêtipun taman Sriwêdari ngriku, kêrêp sangêt kyai wau nampèni tiyang nyobakakên dhuwung sarana dipun sudukakên, mangke kyai ingkang mastani awon saening dhuwung, mirid saking raosing kulit ingkang mêntas dipun dhawahi dêdamêl (tamtunipun botên pasah). Kacariyos sawênèhing dintên nuju wanci sontên sêrap rêp, wontên sabawaning tiyang: kula nuwun, saking sajawining griyanipun kyai. Kyai lajêng ngêngakakên lawang, nanging: tèmbêl dipun suduk saking ing jawi, tiyangipun lajêng kesah. Kyai srumêpêt, kuliting wêtêng gosong salèpèk, lajêng akèn dhatêng muridipun kapurih nututi dhatêng tiyang ingkang nyuduk wau, wusana sarêng dipun kodhol, lampahipun malêbêt ing dalêming prayagung luhur.

[Grafik]

Wujuding gapura ingkang jugrug.

Enjingipun Kyai Sabuk Janur lajêng adus kramas, saha mêling, sangajalipun, kulit ing wêtêng ingkang gosong katataha saha kaaaturna dhatêng ingkang kagungan wangkingan, samôngsa nyirami, kasiramana kalihan toya kum-kumaning kulit wau, sadaya kalampahan. Dene nalika kyai wau kramas, wontên asêm ingkang kangge kramas, klungsunipun kècèr saha thukul, salajêngipun karan uwit asêm Sabuk Janur.

Nanging mênggah ing wos-wosipun sadaya wau namung ujar gugon-tuhon, manawi bab pêjahing kewan, ing pangintên inggih jalaran botên anocogi gêsangipun. Dene bab gapura, punika ing sadèrèngipun pancèn sampun kasumêrêpan rêngat, malah sampun kalapurakên dhatêng ingkang wajib.

Dados mênggahing wosipun, jugruging gapura wau mawi sabab ingkang maton.

--- 1055 ---

Waosan Lare

Nagara Mirasa

XIII. Kêsèd dadi ratu

[Dhandhanggula]

salêbune Kêsèd milang-miling / ing batine bangêt gone eram / ora ngira kono rame / uwonge lêmu-lêmu / sagon-ênggon uwonge mukti / dalah ing dalan-dalan / wong mung pating thrênguk / disambi enak mêmangan / ana manèh wong mung kalekaran ngêmil / disambi ura-ura //

enak-enuk wong nagara mukti / ora tau golèk kabutuhan / sandhang pangan kari nyampe / sagon-ênggon wis mumbruk / ora wêruh rasaning arip / tangi turu kapenak / wis mèh wayah bêdhug / padha didohi ing lara / mung nyatane malah wis kêbak panyakit / saka kêsèd ajêgan //

Kêsèd mubêng turut dalan nitik / ora ana wong mlaku ing dalan / nganti gumun ing batine / nadyan akèh wong wêruh / Kêsèd liwat ora mraduli / aja manèh sing nyapa / sajak ora butuh / Gus Kêsèd nuli kêpêksa / mundhuk-mundhuk nyang gon wong akèh marani / karo alok nyuwara //

kula badhe pitakèn sakêdhik / durung nganti tutug gone kôndha / wong-wong padha ngadêg kabèh / ana sing nuli bikut / anggêlari kalasa pasir / ing dhuwur babut anyar / bantal guling gêmbuk / Kêsèd nuli dirêrompa / ora kêndhat wong akèh padha nyêmbahi / karo andhodhok tata //

nuli ana uwong tuwa siji / angaturi karo bangêt bungah / dene ta gustiku kiye / kaparêng mampir rawuh / nugrahane bakal numusi / adhuh gusti sumôngga / pinarak ing babud / e kônca enggal wêtokna / dhêdhaharan bèn kaparêng dhahar gusti / kowe sing padha bêkja //

ora suwe ladène andlidir / sing lêladèn padha wong nonoman / dene rupaning ladène / sêga kabuli mumbruk / têlung panjang agêdhi-gêdhi / wujude bangêt ngtênga /nglênga. iwake ting thrungul / dibyuki gorengan brambang / bokmanawa kandêle ana sanyari / gandane tobat-tobat //

pangiringe jêrohan kêmripik / iwak wêdhus asine sêdhêngan / ora lali nganggo sate / kumukus kêlun-kêlun / lagi mêntas saka ing gêni / ditata rada cêdhak / karo acar timun / karupuke krupuk urang / gi-lêgine gêdhang raja matêng uwit / banyu ès ana gêlas //

Kêsèd nganti kuwur plirak-plirik / irung tansah mêkrok ora kêndhat / saka wêruh karêmane / wêtêng muni kêlukuk / didhèhèmi barêngan wahing / dadi kêsêlak-sêlak / hak-huk hak-huk watuk / nuli ana wong sing kôndha / môngga gusti dhahar kagêm icip-icip / namung trimah lowungan //

wangunipun kêsayahan gusti / kêlêrêsan mendanipun gibas / mathuk sangêt dipun sate / Kêsèd rada pakewuh / nuli alon gone mangsuli / ananging ora cêtha / saka kêbak idu / lagi botên ngêthos kula [ku...]

--- 1056 ---

[...la] '/ dhene paman dhathêng kuwa nêbut gusthi / kula Kêsèd ing nglika //

gone muni karo anudingi / prênah jaba minôngka katrangan / yèn uwong anyar dhèwèke / wong akèh banjur umyung / bêbarêngan nyêmbah lan muni / yèn botên gusti kula / môngsa sagêd rawuh / inggih wiwit sapunika / ratunipun sadaya tiyang ing ngriki / inggih namung sang nata //

dikapakna Kêsèd ora ngrêti / ing batine mung môngsa bodhoa / nuli narik panjang gêdhe / puluke kojong munjung / ing salêpan luwih sabithi / sadhela uwis bablas / kriyêk nêkuk krupuk / sate diurut rentengan / sêsujène mumbruk angêbaki piring / plêpêg ngombe sagêlas //

tanpa ngaso nuli angambali / sêga manèh sisane rong panjang / karo nguntun jêrowane / kêmripik kriyuk-kriyuk / salintire nganggo nyêlani / acar timun wutuhan / nywara krêmus-krêmus / kabèh sauwise bablas / duduh acar ora lali diuyupi / nuli kêcap mak kêplak //

nuli nyandhak gêdhang lêgi-lêgi / siji-siji dilêlês ulêran / môngka gêdhang gêdhe-gêdhe / cacah satangkêp mak mut / lagi ketok marêm sathithik / tandhane wis katara / glègèkên uha uk / nuli ana wong nyuwara / ora lidok yèn sing rawuh iki gusti / kêtitik gone dhahar //

nuli ana wong clathu nyêlani / sampun môngga tumuntên bidhalan / malêbêt kadhaton mangke / nuli budhal gumrudug / Kêsèd êmung sarwa nuruti / lakune nuli têkan / kêdhatoning ratu / temboke nuli dibêdhah / ing wong akèh dene têtemboke kuwi / iya rupa panganan //

Kêsèd mêksa isih angicipi / pamamahe olèh têlung prongkal / mung nêlung bithi gêdhene / kabèh banjur malêbu / kono ketok ana wong linggih / lêmune ora lumrah / wêtêng kaya kasur / nèng paturon angêdhangkrang / wong sing têka nuli bae amarani / uwong mau dilarak //

satêmêne ratu uwong kuwi / nanging uwis dadi tata cara / mêsthi ana gêgêntine / ya kuwi wong sing mlêbu / lan kabèhe trima anggusti / ratu nuli amêndhak / karo alon matur / dhuh gusti môngga pinarak / kula pasrah kaprabon nagari ngriki / Kêsèd ora nglêgewa //

nuli têtêp saiki ngratoni / jêjuluke Sri Kêsèd Wisesa / mukti bangêt saikine / wong kabèh nuli mundur / sawêtune wong kabèh kuwi / temboking pakarangan / sanalika mingkup / Sang Prabu Kêsèd Wisesa / kari ijèn nèng kadhaton tanpa kanthi / kaya wong dikunjara //

Pawartos saking Administrasi

Wiwit tumapaking kwartal punika sapriki, taksih tansah lumintu kemawon dhatêngipun sêrat-sêrat saking para prayantun lêngganan ingkang mahyakakên anggènipun botên tampi blangko pos wisêl ingkang kasêbut ing Kajawèn ôngka 51. Kauningana. Sintên ingkang botên tampi blangko, môngka taksih tampi Kêjawèn, punika atêgês botên nunggak, dados inggih botên prêlu ngintuni arta lêngganan. Kosok-wangsulipun, ingkang sami tampi blangko ugi kêparênga tumuntên ngintuni pambayaran, sampun ngantos katêlasan Kêjawèn nomêr 62 salajêngipun.

--- 1057 ---

Rêmbagipun Bancak lan Dhoyok (Pênthul lan Têmbêm)

Sambêtipun Kajawèn nomêr 65.

Têmbêm : Suwe anggonku anggagas, sarana pikiran sing waras, wèting padpindêr mula ya brêgas, apa manèh tumraping jaman panas, têgêse: jaman mung dhuwit sing diancas, nganti para mahluk padha ora anduwèni wêlas, karêpe mung arêp amburu ati kêbrangas, sanadyan sadulure dhewe kêkurangan bêras, utawa gêrêng-gêrêng sabab lara panas, anggêre badane dhewe wus bagas, ora pisan-pisan anduwèni ati maras, pangêmise para pêkir miskin sing kanthi laras, disêntak wani sarana têmbung kêras: pigi dhari sini dhêngên lêkas.

Pênthul : Mula bênêr pangandikane para winasis, yèn saiki jamane jaman materialis, bocah diwulang nganti sadhuwuring garis, ya diwulang cara Lônda apadene cara Inggris, ning pungkasane yèn wis padha wasis, prêlune mung nèk goleka pagaweyan bisaa laris, dadi cêkake sing diburu-buru ya mung picis.

[Grafik]

Têmbêm : He bancak anggonmu ngêcuwis, têka ngala-ala marang jaman materialis. Nèk wong urip padha ngudi golèk picis, nèk rumasaku kaya-kaya: botên dados kawis, sanadyan layang Wedhah, Injil utawa manèh Kuran lan Hadis, kaya-kaya mrentahake uwis, wong urip wajibe golèk ngèlmu lan picis. Yèn miturut wawasanku kang wus cumawis, anggone wong padha ngudi golèk picis, rak ora mêsthi kanggo nguja hawa sênêng-sênêng kang nêrak wêwalêring Hadis, nanging bisa uga kanggo ngrêksa kawadis, supaya bisa andawakke umure kongsi sawatawis, kanthi jênjêming ati aja nganti tipis, bisa anglakoni panggawe kang ora najis, têtêpa panêmbahe marang kang kagungan jais. Nanging ana saprakara kang aku ora pati mathis, yaiku marang wong sing padha golèk picis, nganti mêtu sajabaning garis, kanthi ora mrêduli nindakake barang najis, sing diudi mung bisane dadi kapitalis. Kang mangkono mau rak bisa nuwuhake lêlakon sing gawe giris, awit banjur akèh wong sing pikirane lalis, ngrumasani yèn wis diapusi ing samukawis, sêdyane banjur arêp malês ala kanthi ati bêngis, bawane ki angkara murka kang wus nitis, tandang-tanduke iya wis ora bisa aris, wusana putusane iya wus katawis: Pigidhigul itu orang-orang komunis.

--- 1058 ---

Pênthul : Kang doyan bok aja ngudhal-ngudhal barang sing wis mambu, nang ati mundhak ngrasa ngrêmpêlu, luwih bêcik ngelingana têmbe burimu, aja nganti enggal-enggal kèlu, marang luwêsing têmbung manis sing sêmu, awit kang mêngkono iku, sok kêna dèn upamakake madu, nanging ing jêro isi jênu, rasane sajak lêgi ora mèmpêr jamu, nanging sanyatane bisa gawe ihnil mampusmu.

Têmbêm : Bênêr omongmu kiyi, aku dhewe wis tau ngalami, nalikane mlancong nyang Pasar Turi, kêsasar nang panggonan jarit lan mori. Ing kono aku enggal diaruh-aruhi, dening bakul pirang-pirang iji, têmbunge le manis lan mêrak ati, iya iku mêngkene kang uni: môngga priyantun pinarak mriki, lho sinjang sae babaran Bayalali, ngêmungna panjênêngan krêsa anguncali, ringgit tiga inggih sampun nyêkapi, sinjang dados kagungan panjênêngan yêkti. Wadhuh rasane nang ati, kathik kaya dikruwês-kruwêsa mligi, ora mung têlung ringgit nggonku nibani, kanthong isi kapat sasur nganti lali, tak tinggal tanpa tak opèni, ana ing panggonan bakul sawiji. Têkaning ngomah aku tumuli, nuduhake jarit nyang nyai. Wusana aku dikrawus lan dicêthoti, tur ora diliwêtake sadina sawêngi, awit jarene jarit sing tak tuku kuwi, rêgane mung bêjaji rong rupiyah sêtali.

Pênthul : Yah omonge kok banjur ngayawara, luwih bêcik padha ambanjurna, rambuge ing bab pandhu utama. Bênêr iki wis ora mathuk kanggo wong tuwa, nanging aku kabèh kudu anjaga, anak putu ing wusana, aja nganti kanggonan watêk ala, kaya akèhing wong ing jaman iki kang wus nyata, yèn dèn wilangana, wêwatêkan kang ora utama, sing wis lumêbu ing sanubarining manusa, kêna dèn bagi patang prakara, upama dèn aranana, yaiku kang saprakara: anggone adoh nyang agama, mênyang pranatan anglêgewa, nyang nagara wutah gêtihe ora duwe rasa rumasa, kêgadhuhan watak murka, rusaking bêbudèn ya wis katara, ora lali anggone tindak siya, kathik ora duwe ngajèni marang wong liya.

Têmbêm : Wadhuh lagi saprakara bae, têka wis ora kêna dirasakake, nanging ya ora kêna dipaido dhing kowe, ya kuwi wong biyèn wêwatêkane, sok luwih utama tinimbang wong sakiki kiye, nanging sing wajib disalahake, nèk rumasaku dudu wong-wonge, luwih bêcik nyalahna jamane. Ing nalikane jamamjaman. biyèn kuwe, ora ana barang-biring sing anggampangake, agawe gonjinging pikirane, wong tuwa saaku kowe. Balik ing jaman saiki kiye, akèhing tongtonan kowe wis nêksèni dhewe, biyoskup, sêtambul, wayang wong dalasan kêmidhine, sabên sore tanpa kêndhat anggone ngawe-awe. Anane nyênyamikan ya ora kurang warnane, nyênyamikan Tiyonghwa upamane: bakmi-mihun-kimlo-cap jae apadene swike, lèkêr-lèkêran cara Lônda kaya dene: kênthang bêstik-sladhah-krokèt-panêkuk miwah rori sêle, dalasan dhaharan Jawa bae, ya wis akèh bangêt undhake: gudhêg-gêmbrot-êmbêk-êmbêk, miwah sawarnaning kare, lan isih akèh manèh tunggale. Mara apa kabèh kiye, ora gawe [ga...]

--- 1059 ---

[...we] mêndêming pikirane.

Pênthul : Aku ora maido nyang kandhamu kiyi, yèn kang dadi godhaning donya saiki, cacahe tanpa wilangan sayêkti, nanging tumraping wong kang utama sajati, ora kêna gingsir marang godha apa kang nêkani. Mula sing dadi wong tuwa kudu sing nalatèni anggone nênuntuni, supaya anake bisa ngambah ing margi, kang yêkti pantês pinuji, awit tuwuhing wêwatêkan kaya ngarêp kiyi, ora ana sababe sawiji, kajaba saka anggone ora mrêduli, mênyang sucining ati. Wis padha dilèrèni dhisik saiki, liya dina dibanjurake wis mêsthi.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat Kabar Sanès

Ing Bayalali tuwin ing Banyudana (Surakarta), tuwuh sêsakit rajakaya muruh tuwin tracak. Ingkang wajib sampun nindakakên rêrigên kêncêng.

Para panuntun kamajêngan ing Bandhung sawêg ihtiar nulad badhe damêl gêmintêrad tiyang siti kados ing Surabaya, kathah para sawung ingkang purun kapilih dados warga.

Kawartosakên, dhirèktur pangajaran, Juwan J. Hardeman, ingkang sapunika nuju pêrlop, satêlasing pêrlopipun badhe dipun wisudha jumênêng Algemeene Secretaris anggêntosi Tuwan E.R. Erdbrink, ingkang badhe wangsul dhatêng nagari Walandi. Wangsulipun Tuwan Hardeman badhe wontên ing wiwitaning taun 1930.

Kawontênanipun tiyang minggah haji ing taun 1928 langkung kathah tinimbang taun 1927. IngndhakipunIndhakipun. wau kakintên jalaran saking saening panjagi kasarasan tuwin katêntrêman ing Arab.

Katêtêpakên dados residhèn ing Madura kilèn, Bôndawasa tuwin Blitar, Tuwan W. Ch. Adriaans, C. E. Barre tuwin R.A.M. Rooy.

Pakêmpalan Assirotal-Moestaqim ing Têgal kintun pawartos, bilih wiwit tanggal 16 dumugi tanggal 20 Agustus, ngawontênakên Maulud Nabi Muhamad S.A.W. mawi arak-arakan. Kajawi Maulud, ugi nindakakên pitulungan nêtaki lare namung lêlahanan. Pasamuwan punika sakalangkung rame, bab panindaking prêlu ngantos 8 adêgan. Tumrap tamu têbih, samôngsa kintun sêrat rumiyin dhatêng komite, rawuhipun ing Têgal badhe dipun papag dening padpindêr Anis, wontên ing sêtatsiun mawi oto namung lêlahanan.

Pakêmpalan Muhamadiyah bagean taman pustaka ing Ngayogya mêntas damêl parêpatan umum, tamu ingkang rawuh kirang langkung sèwu, wakiling adpisur inlan sêsakên ugi rawuh. Wosing rêmbag supados pakêmpalan Muhamadiyah ngawontênakên taman pustaka ingkang isi buku waosan kangge ngalang-alangi sêdyaning kaum Kristên kados wawasanipun Dr. H. Kraemer.

Bilih kawontênaning têntunsêtèlêng têtanèn ing Sukabumi pinanggih mikantuki, ing têmbe badhe dipun têtêpakên ajêg panggenanipun, kadosdene pêkên taunan ing Bandhung.

Nalika Nata Siyêm wontên ing Bandhung mriksani bioskup wontên ing Concordiabioscoop. Ingkang dipun pitongtonakên pilêm nalika sang nata wontên ing Batawi.

Salêbêtipun minggu kêpêngkêr, gunggunging tiyang ing sabawah Cirêbon ingkang katrajang sêsakit pès wontên 26, sadaya sami tiwas.

Wontên sawênèhing tiyang siti sugih ing Surabaya murugi anakipun ingkang dipun upakara wontên insêtitut pastur ing Bandhung, jalaran dipun cakot ing sagawon edan. Lare ingkang dipun purugi sampun saras, nanging sarêng wontên margi lare wau sakit bêntèr sangêt, tiyang sêpuhipun nêdha pitulungan dhatêng punggawa sêpur, lajêng tilpun dhoktêr saking Kutharêja dhatêng Ngayogya, wusana sadumuginipun Ngayogya, lare sampun kêlajêng ngajal.

Kawartosakên, bilih Tuwan Gesseler Verschuer, residhèn ing Priyangan têngah, badhe dipun angkat dados gupêrnur, nanging dèrèng tamtu punapa badhe wontên ing Surakarta utawi Ngayogya.

Ing bawah Gunungkidul, Ngayogya tuwuh sêsakit cacar, nanging botên wontên ingkang pinanggih tiwas.

Wontên pawartos ingkang kenging dipun pasthèkakên, bilih ing têngah-têngahaning wulan Oktobêr, Paduka Tuwan Mr. Creutzberg, pisê prêsidhèn rad pan Indhi badhe dhatêng Eropah. Ingkang gumantos Paduka Tuwan Ch. Welter.

--- 1060 ---

Wêwaosan

Sêrat Bayan Budiman

Karanganipun Mas Arjawiraga

21.

[Mijil]

nulya alon dènira mangsuli / mênggah ingkang yêktos / kula saking Ngêsam pinangkane / sanalika ki patih wus ngrêti / mring duta kang prapti / kênya ing kadhatun //

têmah antuk jalaran nuntuni / ki patih ing kono / anyukani gambar langkung sae / ing pangira datan sande pasthi / koningan sang putri / lan mawèh panuju //

wusing wangsul sawatara malih / wontên putri katon / sakalangkung endah ing warnane / sumlêngêrên ki patih duk uning / ing pangrasa kongsi / kêdhèpira kaku //

para nyai cakêt ngrumiyini / asuka pawartos / kang angutus rawuh ing samangke / gih punika putri kang linuwih / ki patih mrêpêki / taklim saksat sujud //

tan antara ngandika sang putri / ririh alon-alon / ing salami kula praptèng mangke / babar pisan tan nate mrangguli / gêgambaran adi / kadi kang kadulu //

yèn andika sarju ing panggalih / kula minta yêktos / kadamêlna gambar ingkang sae / kang nênangi mring rasaning ati / sandika ki patih / suka sakalangkung //

enjingira kang gambar wus dadi / katur ing sang sinom / sakalangkung rêna panggalihe / nulya prapta lan sajarwa jati / kalamun sang putri / putra natèng Ngêrum //

dyan andangu gambar apa iki / patih matur alon / nuwun inggih gusti ing wiyose / kang punika gambaripun wukir / ngandhap wontên kali / kang mili gumrujug //

satêpining narmada kaèksi / wontên sangsam karo / ananira ngênèni galihe / ratu kula ing satêmah kengis / datan arsa krami / sing salaminipun //

duk sang putri miyarsa tumuli / angandika alon / paran ingkang dadya darunane / dene ratunira darbe osik / mung saka kêtarik / mring ananing wujud //

kyai patih nulya matur ririh / makatên sang sinom / gusti ulun ing nguni purwane / ambêbêdhag madyaning wanadri / pan kapêntog kali / nuju banjir ladhu //

nuntên uning wontên sangsam katri / lanang lawan wadon / tiganipun anak maksih lare / katri pisan kabingungan sami / binuru ing janmi / wadyanya sang prabu //

saking dahat kèmêngan kapati / punang sangsam wadon / dyan anggêbyur anèng madyaning we / ing satêmah larut sirna kentir / anak lawan laki / kari putêk mangu //

ing wusana sangsam bapa siwi / kapêtêg prihatos / ketang èngêt mring kang nilar mangke / kongsi supe nadhah miwah guling / satêmahan lalis / sangsam kalihipun //

duk samana sri nata kapati / karaos ing batos / pan makatên ing pangandikane / lara têmên wong tininggal rabi / yèn mangkono mami / palakrama lumuh //

praptèng mangkya têtêp sri bupati / tan kèngguh ing batos / sasampating ki patih ature / tidhêm tanpa sabawa kapyarsi / mung wontên kêtitik / sêsêgirèng muwun //

kyai patih duk mulat sang putri / yèn kêni ing raos / mung tumungkul tan wontên ature / nulya alon ngandika sang putri / paman sapa kuwi / kang dèn ucap ratu //

patih matur nuwun inggih gusti / ulun matur yêktos / natèng Towar gusti sajatine / inggih nata kang ulun ngèngèri / umèsêm sang putri / ing galih panuju //

nulya dhawuh prasaja sang putri / bapa mungguh ingong / datan pae lan ratumu kuwe / dahat lumuh anglakoni krami / nanging ing saiki / wus luntur tyas ingsun //

kyai patih tumuli numpangi / asajarwa jatos / duk sri nata supêna purwane / nulya kabèh jinarwa taliti / wusana ing mangkin / rêmbag dadya gathuk //

linut èsêm ngandika sang putri / kalamun mangkono / gustinira mungguh prayogane / rawuha ing Ngêrum luwih bêcik / pan cinêkak nuli / sri nata wus rawuh //

kalampahan sri narendra krami / kalawan sang sinom / ing wusana nênggih sasedane / Natèng Ngêrum Sri Towar gumanti / dene kyai patih / nèng Towar sumundhul //

wus palêstha bayan muwus ririh / nyai kang lêlakon / apan kenging pinèt tuladane / janma ingkang têtêp ati suci / cake sok nocogi / kêcêpêng kêcakup //

awit nyata kang tindak utami / kalamun kalakon / antuk bagya kukubane gêdhe / langkung nikmat têmah murakabi / marma tindak bêcik / nyai wajib gambuh //

11. Tiyang Suci ing Manah

[Gambuh]

nyi sudagar duk ngrungu / carita kang winêdharkên wau / trêsnanira mring laki tungtum numusi / dahat karaos ing kalbu / dènnya pêpisahan adoh //

myang sêtyanirèng kalbu / anggung tuwuh èngêt maring kakung / kang nèng purug nandhang rêkasaning ati / ari ratri akêklumpuk / ngupayakakên kang wadon //

Bayan suka ing kalbu / wikan maring sêsulaking sêmu / ing wusana ngucap linut gujêng ririh / kalamun nyai panuju / rêna mirêngkên cariyos //

pikantukipun tamtu / sagêd nyêkak panjanging kang laku / tamtunipun kiyai prapta tumuli / dados kenging kangge nylamur / mringkês ngalambranging batos //

ing mangke kula matur / dêdongengan kenging kangge ngukur / têtêping kang têpa minôngka palupi / pinèta yêkti pakantuk / makatên rarasing criyos //

duk ing nguni winuwus / wontên janma anèm nama Sabur / trahing agung nanging tinitahkên miskin / mung sêmunira kadulu / titiking kartiyasatos // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

Ôngka 68, 18 Mulud Taun Ehe 1860, 24 Agustus 1929, Taun IV

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1061] ---

Ôngka 68, 18 Mulud Taun Ehe 1860, 24 Agustus 1929, Taun IV.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Bogor

[Grafik]

Bogor punika kajawi sakeca hawanipun, ugi kathah sêsawangan ingkang nêngsêmakên. Para maos sagêd anggalih piyambak dhatêng sêngsêming sêsawangan ing nginggil punika.

--- 1062 ---

Pawartos Wigatos

Sêtokêr tuwin Pangajaran Lêlajênganipun

Kados ingkang sampun kapratelakakên ing Kajawèn wulan kapêngkêr, mantrus marinê punika manawi majêng, ugi sagêd dados ondêr upsir. Punika botên namung mantrus kemawon, sanadyan sêtokêr ugi sagêd dados ondêr upsir. Mênggah lampah-lampahipun kados ing ngandhap punika:

Sêtokêr ugi sagêd tumindak ing damêl ing satunggalipun golongan padamêlan (dienstvak), murih dados ondêr upsir ing golonganipun padamêlan wau. Golonganing padamêlan ingkang mikantuki inggih punika masinis. Bilih tiyang sampun dados sêtokêr klas I laminipun sataun, sagêd dipun papanakên manggèn ing wulangan tumrap stoker-olieman. Manawi wontên ing ngriku siunipunsinaunipun. lulus kanthi sae, lajêng kenging dipun angkat dados kopral masinis. Wulangan tumrap stoker-olieman wau laminipun 1 taun, wontên ing Surabaya. Para murid dipun pondhokakên wontên ing tangsi marinê ujung. Ingkang dipun wulangakên a. basa Walandi, b. sêsêrêpan ing bab kawruh ukuran lan timbangan, c. sêsêrêpan ing bab pranatan tuwin ngupakara pirantos agêng lan alit, kados ta motor lan sanès-sanèsipun. d. nindakakên padamêlan masinis ing baita alit tuwin e. sêsêrêpan ing bab kawruh nênukang.

Satamating pasinaon wau lajêng nyambut damêl wontên ing kapal dados stoker-olieman laminipun 1 taun. Wusana manawi sae padamêlanipun, sagêd dipun papanakên ing pasinaon tumrap kopral masinis. Wulangan punika ugi dipun wontênakên ing Surabaya, laminipun 1 1/2 taun. Wulangan tumrap stoker-olieman taksih dipun wulangakên wontên ing ngriku sapisan malih, nanging langkung sampurna. Dipun wêwahi wulangan malih ing bab tatacaranipun ambêntèri sawarnining kètèl dalah sapirantosipun. Satamatipun wulangan wau, sagêd dipun angkat dados kopral masinis. Ing ngriki botên prêlu kapratelakakên panjang malih, manawi sampun sawatawis lami, sagêd nêmpuh pandadaran pangkat masinis ingkang langkung inggil.

Kajawi dados masinis, tiyang neneman ingkang sakawit dados sêtokêr, ugi sagêd dados monteur, tukang andamêl torpedho, utawi tukang andamêl mêsin mabur (tukang bêsi).

Tumrap satunggal-satunggaling golongan padamêlan wau wontên wulanganipun malih. Murid ingkang sampun tamat sinau sakawit wontên ing Kweekschool voor Inlandsche Schepelingen ing Makasar, kenging dipun papanakên wontên ing wulangan wau. Sawarnining wulangan dipun wontênakên ing Surabaya, laminipun 2 utawi 3 taun. Wulangan tumrap monteur dipun wontênakên ing Marine Etablissement, tumrap adamêl torpedho wontên ing bèngkèl torpedho lan tumrap damêl mêsin mabur manggèn ing papan anggêgana ing Marakrambangan. Satamating pangajaran wau salah satunggal, lajêng dados mantrus ing

--- 1063 ---

golongan padamêlan wau, lan sasampunipun nyambut damêl angsal 2 taun, sagêd dipun angkat dados kopral. Ing têmbe ugi sagêd anjôngka pangkat ingkang langkung inggil kanthi nêmpuh pandadaran.

Dene mênggahing bab wulangan wau kapratelakakên kados ing ngandhap punika:

Monteur, punika sakawit dipun wulang ing bab dhêdhasaring kawruh èlèktris sakêdhik-sakêdhik tuwin pangajaran bab magneet. Ugi dipun wulang ing bab kawontênaning dynamo, motor tuwin dilah listrik, caranipun masang kawat listrik, cara-caranipun nindakakên zoeklicht (dilah sèntêr) lan malih sawarnining bab prakawis ngupakara pirantos tuwin kawat listrik salêbêtipun kapal pêrang. Dipun wêwahi malih wulangan padamêlan nênukang ingkang prêlu-prêlu.

Tukang damêl torpedho, punika kajawi dipun wulang prakawis nênukang kanthi yêyêktosan, ugi dipun wulang ing bab wawasan kawontênan lan pangupakaranipun torpedho tuwin pasangan dhinamit ingkang angèl-angèl. Lan malih murid-murid wau ugi dipun wulang caranipun anglêpasakên torpedho utawi pasangan dhinamit wontên ing toya.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaring murid-murid sêtokêr pinuju sinau.

Tukang damêl mêsin mabur (tukang bêsi) punika dipun wulang sawarnining bab ingkang gêgayutan kalihan pandamêlan andandosi tuwin ngupakara perang-peranganing mêsin mabur ingkang awarni waja. Dados botên sinau adamêl mêsin mabur, nanging ugi kêdah sagêd damêl utawi manawi prêlu ugi masang perang-perangan warni waja ingkang alit. Ing ngriki kapratelakakên malih, bilih tukang damêl mêsin mabur punika sanès juru anggêgana, dados botên tumut anggêgana, kajawi manawi gadhah panêdha piyambak.

Sasampunipun maos andharan ing nginggil punika kanthi taliti, para maos mangrêtos, botên sabên tiyang sagêd angsal pangkat ingkang pantês. Dene bilih badhe minggah pangkat, kathah bab-bab ingkang kêdah dipun sinau. Ananging bab punika dipun gampilakên, awit sawarnining wulangan, para murid sagêd nindakakên kanthi lumintu, ngantos sagêd minggah pangkat.

Murid ingkang sampun lulus saking satunggiling wulangan, kêdah nêmpuh pandadaran, kangge pasaksèn kêcêkap utawi sêsêrêpanipun ing salêbêtipun sinau. Namung tumrap ingkang pandadaranipun sae, kenging kainggahakên pangkat ing golonganing pandamêlanipun. Kosok-wangsulipun manawi botên lulus, dipun wêdalakên saking wulangan [wu...]

--- 1064 ---

[...langan] wau utawi manawi wontên wêwatonipun ingkang prayogi dipun kaparêngakên angambali sinau malih.

Murid ingkang nyambut damêl kanthi tumêmên tuwin ingkang tansah nêmpuh pandadaran ing mangsanipun sagêd lulus, ing salêbêtipun 4 1/2 utawi 5 taun sampun sagêd dados kopral. Sagêdipun dipun angkat dados sêrsan, enggal-enggalipun kêdah sampun dados kopral 2 taun, lan tamtu kemawon kêdah lulus saking pandadaran kangge sêrsan.

Sêrsan ingkang pintêr sagêd dipun angkat dados sêrsan mayor lan malih sagêd dados ajidan, nanging awis sangêt ingkang pinanggih makatên.

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja, Ind. Arts ing Kudus

Sambêtipun Kajawèn nomêr 66.

Kangge panjagi utawi panulakipun sêsakit malariah.

1. Anjagia sampun ngantos dipun cakot ing lêmut, ing wanci dalu kêdah manggèn utawi tilêm ing panggenan ingkang lêmut botên sagêd lumêbêt utawi botên sagêd nyokot, inggih punika patilêmanipun katutup mawi klambu ingkang wêtah.

2. Lêmut kêdah dipun icali, ugêt-ugêt ingkang wontên ing toya dipun pêjahi, ing panggenan toya ingkang kèndêl dipun urugi utawi kaêsatakên lan karêsikana sampun ngantos lêmut sagêd nigan. Dados ing panggenan ugêt-ugêt ing toya ingkang kèndêl wau kêdah kasiram ing lisah pèt, supados ugêt-ugêt wau sami pêjah. Ing pakêbonan utawi sanèsipun ingkang pêtêng utawi rungkud, bilih kangge panggenaning lêmut kêdah dipun rêsiki kababad, kêkajêngan prayogi katutuhana.

3. Ing panggenan ingkang sampun wontên sêsakitipun malariah, têtiyang ingkang saras kêdah nêdha utawi nguntal tablèt kênini, sadintên sadalu kaping kalih (tablèt 0.200 gr) utawi kaping sakawan, tablèt 0.100 gr, êlêt 3-4 dintên sapisan. Manawi pinuju kathah tiyang ingkang nandhang sakit, prayogi lêt sadintên kemawon anggèning nguntal tablèt wau, lan anjagia sampun ngantos kacakot ing lêmut.

Nanging inggih botên sadaya lêmut sagêd anularakên sêsakit malariah, ingkang sampun kasumêrêpan ing para dhoktêr ingkang sampun misuwur, inggih punika bangsaning lêmut anopêlês, manawi sawêg pinuju mencok utawi nyakot, anjêngking, dene lêmut sanèsipun botên, êlaripun lêmut anopêlês balirik tutul-tutul, punika tiningalan sarana kaca praksana.

Sarèhning tiyang botên sagêd ambedakakên lêmut anopêlês kalihan sanèsipun, dados namung anêtêpakên kemawon sadaya lêmut [lêmu...]

--- 1065 ---

[...t] punika bangsanipun lêmut awon, mila prayogi kajagia sampun ngantos kacakot ing lêmut wau.

Zwartwaterkoorts (sêsakit malariah cêmêng)

Ing panggenan ingkang sampun kathah sêsakit malariah, trêkadhang sok wontên tiyang ingkang lajêng kenging sêsakit malariah cêmêng. Tiyang ingkang katrajang ing sêsakit wau, adat sabênipun tiyang ingkang sampun gadhah sêsakit malariah, tiyang wau botên purun jêjampi, utawi kirang jampinipun. Manawi badanipun kraos botên sakeca lajêng bêntèr, saha manawi bêntèripun wau lêstantun botên sagêd sirêp, tiyang wau sawêg purun nguntal utawi nêdha kênini. Bilih sakitipun sampun wulanan utawi taunan, punika sagêd lajêng dadakan kenging ing sêsakit bêntèr cêmêng.

[Grafik]

Klambu ingkang sampun kapasang ing nglêbêt cagak, katutupakên.

Sakawit badan asrêp andharodhog, bantêr sangêt, sakitipun kêtingal rêkaos, sirah mumêt, nuntak-nuntak kêdah sumaput, ing badan sakojur kulitipun katingal jêne. Ing sasampunipun andharodhog lajêng bêntèr, ing panggenan puyuhan (pisbuis) kraos sêngkring-sêngkring, manawi nguyuh mêdal uyuhipun sawarni mangsi cêmêng, mila sêsakit wau kanamakakên malariah cêmêng.

Tarkadhang dhatêngipun asrêp andharodhog rambah-rambah, sagêd ngantos kaping 3 utawi kaping 4, dene anggènipun nguyuh inggih makatên ugi, punika ingkang kalêbêt ambêbayani sangêt. Ingkang sampun kalampahan tiyang ingkang kados makatên punika lajêng tiwas. Punapa malih samôngsa uyuhipun lajêng warni abrit kados êrah, anggènipun nguyuh saya kirang, punika pratôndha ambêbayani. Manawi tiyang ingkang sakit lajêng kèndêl botên nguyuh, adatipun ngêcêcêng-ngêcêcêng lajêng pêjah.

Manawi tiyang ingkang sakit badhe saras, anggènipun nguyuh botên suda, ajêg kemawon. Uyuh ingkang warninipun cêmêng saya dangu saya suda warninipun, 2 utawi 3 dintên uyuh wau sagêd bêning, wusana sagêd saras.

Sababipun uyuh wau dados cêmêng, amargi êrahipun tiyang ingkang sakit karisak dening plasmodien, sasampunipun makatên, êrah ingkang risak lajêng lumuntur lumêbêt dhatêng ginjêl (nier) lan samôngsa ginjêl punika kêkathahên êrah ingkang sampun risak, bolong-bolongan ingkang kangge margi wêdaling uyuh lajêng buntu, amila ingkang sakit lajêng botên sagêd nguyuh. (Badhe kasambêtan)

--- 1066 ---

Jagading Wanita

Bab Kawruh Ambathik

Kajawèn ôngka 62 kolêm jagading wanita, ngêwrat karangan bab kawruh ambathik, mawi sêsêlan anyariyosakên bab tiyang ambathik ing pakampungan ingkang sagêd dados pangupajiwa padintênan, kasêbut adêg-adêg tiga ing karangan wau, inggih punika tiyang ambathik ikêt modang, umpak sasaminipun ingkang kacariyosakên sadintên sagêd rampung, enjing wiwit anggarap: sontên sagêd nyêlêpakên kanthi kasambutakên yatra kangge tumbas mori lajêng kagarap malih dumugi ambabar lajêng kasade, panggarapipun sagêd lumintu sabên dintên, pawitanipun namung sapisan ingkang sakawit thok. Makatên sapiturutipun.

Bab wau pamanggih kula ing ngriki prêlu sangêt kêdah dipun wontênakên katêrangan kawontênanipun ing sapunika tumrap Surakarta. Kawuningana mênggah tumrapipun ing nagara Surakarta, pangupajiwa tumrap tiyang ambathik kados ingkang kapratelakakên ing Kajawèn wau, dumugining wêkdal sapunika kenging dipun wastani sampun pêjah babarpisan, awit pangupajiwa makatên wau mênggah taksih dipun êcakna lêstantun, malah kapitunan, lan malih prakawis sambutan dhatêng tukang cêlêp utawi tukang soga, botên paja-paja sagêd dumugi bilih badhe dipun tangkarakên kadamêl tumbas mori malih kados ingkang kacariyosakên ing Kajawèn. Lêrês jaman rumiyin pangupajiwa makatên wau pancèn kalampah sangêt tumrap ing Surakarta, prasasat mèh sabên kampung kemawon tiyangipun ingkang bôngsa bau sèkèng, panggêsanganipun sami ambathik padintênan sagêd andadak ngundhuh wohipun tur lumintu miwah kauntunganipun inggih lumayan yêktos, awit sapisan: rêgining mori ikêt satunggal ingkang sae namung 30 awis-awisipun 35 sèn, ingkang mori andhap dumugi cêkapan, racak-racak namung rêgi 20 sèn, nyêngkanipun 25 sèn. Kaping kalih: jaman samantên dèrèng wontên sudagar bathik ngêcakakên utawi damêl canthing cap bathikan modang tuwin umpak warni-warni kados sapunika. Kaping tiganipun, têtiyang ngangge ikêt taksih lêmbaran wêtah, dèrèng dipun balangko kêthu namung sapalih kados sapunika, mila taksih kathah sangêt ingkang sami rêmên ngangge ikêt modang utawi umpak ingkang bathikan tangan. Awit saking punika pêpajênganipun bathikan ikêt ingkang sagêd andadak garapan sadintên rampung, inggih laris sangêt ngantos dipun cêgati bakul-bakul ing margi-margi kathah sangêt, botên ngantos dumugi pêkên sampun dados rêbatan para bakul. Sumôngga ta kula aturi anggalih, udhêng bathik modang utawi umpak, rumiyin waragadipun rêsik sampun dumugi babaran kantun nyuda: namung 60 sèn kirang langkung sakêdhik, pêpajênganipun bilih môngsa kêncêng bathik sagêd dumugi 1 rupiyah 75 sèn, bilih môngsa magak 1 rupiyah 40 sèn, ing môngsa kêndho sangêt taksih sagêd pajêng 1 rupiyah 10 sèn. Makatên andha-usukipun [andha-u...]

--- 1067 ---

[...sukipun] kirang langkunga namung sèn-sènan. Dene angsal angsalanipun sambutan bilih sawêg mêdêlakên 50-60 sèn, bilih sampun nyogakakên 75-100 sèn, kangge ikêt bathik satunggal-satunggalipun. Dados katanjakakên kangge tumbas mori samalamipun sampun kobèt.

Wangsul jaman sapunika, sampun beda dede amput-amputipun. Rêgining mori saikêt ingkang andhap taksih 45-50 sèn, ingkang inggil 60-100 sèn. Kula cêkak kemawon, ikêt satunggal ingkang kagarap sadintên rampung sawêg dumugi tembokan, wragadipun rêsik sakêdhik piyambak dumugi ambabar 1 rupiyah tarkadhang ngantos 1 rupiyah 10 sèn, sanès bau panggarap dèrèng kapetang, môngka sarêng kasade tumrap dagangan, racak-racak namung pajêng 1 rupiyah 25 sèn, malah bilih môngsa kêndho bathik nyêngkanipun namung pajêng 1 rupiyah, môngka wiwit anggarap dumugi ambabar laminipun kadamêl rancag 2 dintên, mila sapunika lajêng sampun pêjah sêg. Wontênipun makatên wau jalaran sudagar ngêcakakên cap-capan ikêt modang, umpak sasaminipun, sapunika sampun atusan, modhèl warni-warni, awiging garapan botên kawon kalihan bathikan tangan, babaranipun soga gènês wèntêran anjangês, mubyar, rêginipun racak-racak ingkang sae namung 1 rupiyah 25 sèn, tumbas salêmbar kasigar sagêd dados kalih lajêng kadamêl kêthu balangkon.

Sudagar-sudagar ingkang ngêcakakên makatên wau, nyatanipun angsal-angsalaning bathik namung 1-2 sèn ing dalêm ikêt satunggal, kagêbag rambah kaping-kaping ..., punika bilih môngsa kêncêng, bilih môngsa kêndho, nyatanipun namung sami jor-joran mirahakên daganganipun ugêr sagêd tumuntên pajêng, lah punika ingkang lajêng sangsaya pêjah sêg tumrap ngupajiwa ambathik.

Wondene ingkang kathah saperangan agêng, tumrap padamêlan utawi pangupajiwa ambathik ing Surakarta jaman sapunika, I. Sudagar ngêcapakên bathik warni-warni, II. Juragan bathik sêratan tangan, ngingah pangobèng kathah mawi kacancang pursêkot balônja dintênan kawatês angsal-angsalaning garapan, III. Tiyang ambathik ngobèng bironi ngumbah saking cap-capan, punika ewon gunggung kêmpalipun. Sanèsipun tigang bab wau, namung bathik kadamêl sambèn sasêlaning ngopèni griya, nanging namung satunggal kalih wontênipun.

Awit saking punika, supados botên têdha-têdhatidha-tidha. ingkang sami manggalih babagan bathik, mila prêlu katrarangakênkatêrangakên. kawontênan ing jaman sapunika kadosdene andharan kasêbut nginggil, kawuningana.

Pemb. 585.

[Iklan]

Para murid pamulangan têngahan sami dhatêng kabudidayan karèt ing Giriharja (Kêbumèn) gadhahanipun Tuwan Wiryadiarja.

--- 1068 ---

[Grafik]

Ing sisih punika gambaripun Prabu Boris nata ing Bulgari, nalika panjênênganipun anglampahakên lokomotip sêpur saha anggèning nglampahakên ngantos têbih. Dados mênggahing nata ugi wontên kalamangsanipun tumindak ing damêl awrat, anêtêpi wajibing tiyang, kêdah sumêrêp dhatêng kagunan.

Jagading Sato Kewan

Pêksi Anèh.

Nanggapi karanganipun sadhèrèk Jayasuwignya ing Kajawèn ôngka 59 bab pêksi anèh.

Ing sakawit ragi adamêl kodhênging manah kula, pundi ingkang dipun wastani pêksi pênthèt punika. Jalaran mênggahing kula nama wau dhapur katêmbèn, nanging sarêng sampun rampung pamaos kula, yèn kula pirid-piridakên dhatêng ungêl, tondak-tanduk lan kakêndêlanipun, punapa malih têtêdhanipun pêksi pênthèt punika yèn ing padunungan kula nètèsi kalihan pêksi srigunting. Pêksi srigunting punika ungêlipun inggih thèt-thèt, lan asring purun mêngsah bangsaning pêksi galak, upaminipun: wulung, gagak lan sasaminipun. Nanging sarèhning kawon ibêripun, inggih lajêng cluluk piyambak.

Manawi nitik agêng, warni saha ungêlipun, pêksi êmprit gantil ing Kajawèn ôngka 59 wau, manawi ing padunungan kula pêksi kadhasih (dharadhasih). Manawi saking katêbihan pêksi punika mèmpêr pêksi srigunting, kaot wulu kawon mêngês, lan buntutipun botên cawang. Ungêlipun ingkang thit thit wau, tumrap gugon tuhoning sawênèhing tiyang dhusun, asring sangêt damêl kirang sakecaning [sakeca...]

--- 1069 ---

[...ning] manah, punapa malih yèn pinuju wontên tiyang sakit, jalaran swara ingkang makatên wau dipun anggêp ngalup utawi andhandhang dhatêng pêjahipun tiyang ingkang sakit. Mila asring kemawon pêksi wau yèn pinuju mungêl that-thit, dipun balangi. Tarkadhang ungêlipun: thit thit thir.

Yèn padunungan kula, pêksi êmprit gantil punika agêngipun sami lan êmprit limrah, têdhanipun bôngsa gêgrêmêtan (ulêr alit-alit) susuhipun gumantil. Mênggah saking pamirêng kula, pêksi êmprit gantil punika inggih asring nunutakên ngêngrêm tiganipun dhatêng pêksi sanès, inggih punika pêksi prênjak. Pêksi ingkang gadhah watak makatên wau, mêsthi kemawon pêksi ingkang imbang-imbangan agêngipun lan nunggil têdhanipun. Pêksi tuwu punika inggih asring nunutakên tiganipun dhatêng pêksi gagak.

Ing ngriki kula badhe ngaturakên pêksi anèh malih, nanging botên anèh jalaran saking watak pangêngrêming tigan, nanging anèh jalaran jalêr lan èstrinipun botên sami kawontênanipun. Upaminipun pêksi gêmak (puyuh), punika èstri, sabanipun ing wanci siyang wontên ing siti. Dene jalêripun asring mabur ing wanci dalu, inggih punika bênce. Wontên malih pêksi kolik kalihan tuwu, punika inggih jalêr èstri, têka anggadhahi nama piyambak-piyambak.

Kajawi punika wontên malih pêksi sanès-sanèsipun ingkang beda kawontênaning wulunipun mênggah jalêr lan èstrinipun. Upaminipun yèn panggenan kula mastani: êmprit pêking, ingkang asring nusuh ing nanasan. Punika ingkang jalêr wulunipun abrit, èstrinipun klawus.

Wasana sumôngga para nupiksa.

Wir, Sêmarang.

Padhasaran Balapêcah ingkang Kasade Dening Tiyang Siti.

[Grafik]

Mirid kawontênan ing jaman sapunika, tiyang siti taksih kenging dipun wastani dèrèng majêng dhatêng bab lampah among dagang. Nanging mênggahing sayêktosipun, sanadyan dèrèng sapintêna, ugi sampun kenging dipun wastani sampun ngambah, punika sagêd nitik dhatêng kawontênanipun ing pêkên-pêkên, barang-barang ingkang rumiyin dipun sade ing bôngsa ngamônca, ing sapunika ugi dipun sade dening tiyang siti. Gambar sasisih punika gambaring gumêlaripun balapêcah ing pêkên Pordhêkok, padaganganipun tiyang siti.

--- 1070 ---

Waosan Lare

Nagara Mirasa

XIV. Prabu Kêsèd Natanagara, nuli mêthuk wong tuwa.

[Kinanthi]

Prabu Kêsèd thênguk-thênguk / nèng kadhaton tanpa kanthi / ing batine tansah duka / kana-kene ketok sêpi / sasat kaya dikunjara / mung kacèk ênggone pèni //

nuli angandika sêru / cara apa ngene iki / sanadyan dadia raja / ratu apa mung ijèn thil / rewangku kêkandhan sapa / apa niyat ratu dhêmit //

dhèk anu aku wis cluluk / karo si paman patinggi / lumuh bangêt nglakonana / dadi ratu ngene iki / jênênge ratu cilaka / kaya dikunjara wêsi //

ing ngêndi dalane mêtu / kana-kene tanpa kori / jênênge edan-edanan / kadhaton mangkene iki / la pamrihe bae apa / dadi ratu sasat mati //

suwe-suwe saya nêpsu / saka wêtêng krasa ngêlih / awak andhrêdhêg karasa / ing wusana sêru muni / patute wong dadi raja / yahmene wis mangan bêstik //

kopi susu kêlun-kêlun / roti kèju ora kèri / yèn sarapan cara Jawa / sêga pulên iwak têrik / wedang tèh kandêle krasa / pacitane pating tlêning //

mungguh cêkake ing rêmbug / sakarsane ratu dadi / arêpa mêmangan apa / wis mêsthi anane nuli / balik aku ratu apa / uripe mung mangan angin //

lagi cêp bae mak jêdhul / ngarsane sang prabu thirik / dhêdhaharan warna-warna / tharik-tharik ana piring / cara Lônda cara Jawa / pêpak ora ana cicir //

sidhakêp lan manthuk-manthuk / karo alon clumak-clumik / iki athik anèh tênan / têkane saka ing ngêndi / wah isih angêt-angêtan / ambune anggêgirisi //

kabèh sing tak jaluk wujud / malah isih anèh kuwi / aku durung pati cêtha / kaya dilulu saiki / yèn lêstari mangkenea / ijèna gêlêm nglakoni //

Prabu Kêsèd banjur maju / dhokoh rata diicipi / kabèhe padha mirasa / nyang ilate anocogi / solan-salin kabèh enak / ora ana nguciwani //

sajêrone dhahar mau / Prabu Kêsèd milang-miling / ketok ana pitik saba / sanalika mak nyut eling / dene durung ana panggang / ditamatke kabèh sêpi //

sajrone anggagas mau / pitike nuli marani / digêsah malah anyêdhak / grêgêtên nuli dibithi / pak prêk klêsêt tanpa obah / wis dadi panggang kêmripik //

sang prabu nganti ngêcêmut / karo nyuwil angicipi / angandika galêgêsan / aku yèn mangkene iki / rak sasat kaya wong nyulap / apa sakarêpe dadi //

sauwise dhahar rampung / sang prabu jumênêng nuli / kagèt mirêng piring bênthak / nganti nyuwara mak klinthing / ditolèh wis ora ana / dhêdhaharan kabèh rêsik //

nuli tindak sang aprabu / ing kadhaton diratani / taliti anggone [ang...]

--- 1071 ---

[...gone] mriksa / jêbul sakabèhe kuwi / sarwa pêpanganan enak / pêpagêre tembok roti //

diusari martega rum / plisir ngisor sing kaya tir / sêle sing enak mirasa / gêndhènge sokêlat lêgi / Prabu Kêsèd angandika / ah kêladuk obrol iki //

kadhaton sisihe wujud / cara Jawa sarwa pèni / anane ya ora beda / bôngsa panganan marêgi / têtemboke gandhos wingka / payon cênggèrèng kêmripik //

sang prabu nganti angguyu / dene kaya uwong ngimpi / dalah anane ing jaba / anèh nanging sarwa bêcik / wowohan wis tanpa môngsa / yèn wit êso wohe êmping //

kalèn banyune ès sêtrup / cêkak kabèh enak rêsik / dadi karane nagara / sathithik wis ora nlisir / jênêng nagara Mirasa / iku jênêng wis ngêplêki //

sauwise rata kêmput / sang prabu wiwit anggalih / nata bêcik ing nagara / kabèh arêp diowahi / tembok kadhaton dijêjak / ambrol mawut ketok nisih //

wong jaba nuli gumrudug / bêbarêngan sowan gusti / sang prabu nuli ngandika / aku moh yèn ngene iki / yèn wong jênêng dadi raja / kudu nganggo tata bêcik //

tembok sing wis jugrug mau / bêcik dokokana kori / ing jaba ya dokokana / ana uwong sing mangsuli / gusti nun inggih sandika / punika pancèn prayogi //

nanging kula botên rujuk / yèn damêl kori ing jawi / botên sande katiwasan / mêngsah sagêd mlêbêt gampil / tamtu badhe kalampahan / gusti dipun êsur wani //

sang aprabu iya rujuk / banjur angandika lirih / aku uwis mathuk iya / nanging karêpku saiki / nganggo tak patah punggawa / lan kudu duwe prajurit //

prêlu digo nglawan mungsuh / aja kok mung kaya bayi / sabên kêtêkan wong anyar / banjur dilorot le mukti / lan prajurit kudu jaga / rumêksa mênyang ing gusti //

kabèhe padha jumurung / tumuli tumindak bêcik / wong kono têtêp kawula / diperang dipiji-piji / ana bupati nayaka / ana sing dadi prajurit //

yèn Sênèn Kêmis sang prabu / siniwaka diadhêpi / lênggah anèng pasarean / dhêdhaharan wis sumandhing / têtêp amukti wibawa / ratu sugih dhasar mukti //

kocap barêng mèh sataun / Prabu Kêsèd angèlingi / nyang biyung sing ana desa / nuli adhawuh tumuli / yèn sang prabu arêp têdhak / lêlana nyang ngêndi-êndi //

wong-wong akèh padha gugup / lan mambêng karsaning gusti / awit durung ana cara / ratu têdhak ngono kuwi / ananging sang prabu mêksa / kudu budhalan tumuli //

saka kuwasaning ratu / wong ing kono kabèh wêdi / ing sawise tata-tata / bètèng jaba dijugrugi / tumuli bae budhalan / diiring para prajurit //

sang aprabu nitih tandhu / dipikul wong wolu sisih / sang prabu mung sêsarean / disambi karo angêmil / akèh wong-wong ing padesan / padha mêtu andalidir //

--- 1072 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Ada-adaning Nagari Anggènipun badhe Paring Arta Sambutan dhatêng Panggaotan Pribumi

Sambêtipun Kajawèn nomêr 66.

Petruk : Ambalèni rêmbuge ing bab karsaning nagara anggone arêp paring pitulungan dhuwit tumrap panggaotan apadene kopêrasining wong bumi, nèk rumasaku mungguhing kopêrasi iya bênêr unimu lagi anu kae, yaiku bisaning tumindak, yèn kopêrasi mau ora ana ing panggonan kang tumindake dêdagangan cilik-cilik wis bêcik. Kaya upamane tumrap panggaotan bathik, kuwi nèk saka sêsurupanaku, arêpa kêpriye bae, aku kok ora bisa ngarani bêcik, saupama nagara banjur mèlu cawe-cawe. Kuwi kanggone saiki, lho.

[Grafik]

Garèng : Hla, kuwi nèk Petruk, sok banjur mêtu drêngkine, pancène sabisa-bisa rak banjur ngalêmbana bangsane dhewe, anggone têmên, doyan gawe, kêna diprêcaya, cêkake kabèh sing apik-apik, cikbèn nagara tumuli enggal-enggal anggone arêp paring pitulungan, durung-durung kok banjur ora mupakat bae, kuwi jênênge rak mung arêp ngalang-alangi rêmbug, apa bèn nagara wurung anggone arêp paring pitulungan. Nanging ya pancèn wus dadi saradane Si Petruk, sok dhêmên murungake prakara. Aja manèh karo wong liya oraa tega, lagi karo aku dhewe, sadulure lanang tunggal sakringkêl, mêksa iya kolu gawe ala. Kayadene lagi anu kae, aku kurang sanyumlik bae olèh kasênêngan gêdhe bangêt, kang kêna dèn upamakake swarga donya têmênan, yaiku kalane aku nglamar Mas Ajêng Jakob, rupane ayu gombloh-gombloh, tur ya sugih. Kurang sak… thik… bae, wis mêsthi dadi bojoku. E, dilalah Petruk sing banjur nêngahi, tega-tegane kôndha karo mas jênge yèn aku wis duwe bojo tur anakku wis brayahan, barêng aku têka nang gone mas jênge manèh, arêp andadèkake rêmbuge, durung-durung aku wis dipleroki kêras. Kalasamono aku mèh bae mati ngêndhat, ajaa kèlingan simpênanaku sêga wadhang karo bakaran balênyik rong blindhi.

Petruk : Wiyah, kok banjur awake dhewe [dhe...]

--- 1073 ---

[...we] sing dianggo tuladha. Karodene anggonku ngalang-alangi tindakmu kang mangkono mau, sêdyaku rak ora arêp manasi nyang kowe, nanging arêp anjaga nyang awakmu, aja nganti nindakake lêlakon, kang nuduhake asoring bêbudènmu. Wajibmu kuwi rak kudu ngopèni lan ngupakara anak bojomu kanthi sakuwat-kuwatmu, têka banjur mung arêp nuruti hawa nêpsumu dhewe. Wis, wis, bab kiyi ora prêlu tak andharake dawa-dawa, têmtune kowe bisa nimbang dhewe, sapira asoring bêbudèning wong kang ninggal anak bojone kang tanpa sabab, jalaran mung arêp nguja marang kasênêngane dhewe. Mungguhing omongku ing ngarêp, kaliru Kang Garèng, yèn ta mangkono panampamu. Sêdyaku ora kok arêp gawe murih wurunge nagara anggone arêp paring pitulungan, nanging supaya dhuwit sing bakal diparingake utang, aja salah tumanjane. Lan karêpku nèk bisa uga arêp anjaga aja nganti nagara suda kapracayane marang bangsaku kabèh, awit manawa wis akèh dhuwit kang diwêtokake tumrap adêging kopêrasi, ing wusana ora ana sing dadi, mêsthine pambêngoke para sing padha sêngit karo bangsaku kiyi, saya têkan ngalangit, kang anjalari nagara bisa kapok anggone tansah arêp mitulungi lan angayomi kawulane sing isih èndhèk bangêt drajate kiye. Mulane sadurunge paring pitulungan, nèk saka panêmuku iya kudu dititipriksa kanthi têmênan, supaya ing têmbe burine pitulungane mau, aja nganti kayadene uyah kang dicêmplungake ana ing sagara.

Garèng : E, ladalah, kathik kaya wudêl dilèr, nganggo anduwèni pursêtelan barang. Ewadene aku mêksa kêpengin wêruh kang dadi sabab-sababe dene kowe anduwèni panêmu kang mangkono kuwi.

Petruk : Sadurunge aku mangsuli pitakonmu, luwih dhisik aku arêp kôndha nyang kowe, yaiku: jênênging pangkat kang kok karêpake kuwi dudu: wudêl dilèr, nanging èdhêlèr, aliyas warga rad India. Nèk anglairake têmbung Walônda kuwi bok sing ngati-ati, aja sauni-unine bae. Ing ngarêp sing tak jupuk kanggo conto panggaotan bathik, dene sababe kang kapisan, iki panggaotan wong bumi kang tulèn, kaping pindhone akèh wong kang padha nindakake, lan kaping têlune: aku arêp nuduhake yèn arêp ambantu sawijining kopêrasi utawa panggaotan kuwi ora gampang. Murih cêthane tak jalèntrèhne panêmuku ing bab kuwi, yaiku mangkene:

Tumraping panggaotan bathik, lumrahe ing ngêndi-êndi padha jor-joran kang tanpa duga-duga. Kang mangkono mau sababe, jalaran sarana pawitan mung puluhan rupiyah bae, sabên wong wis bisa mèlu ngêdêgake panggaotan bathik. Kowe wêruh dhewe, Rèng, bangsaku kiyi lumrahe sok ora sênêng nyambut gawe kang nganggo pranatan sing bêcik-bêcik. Karêpe yèn sathithik-sathithik wis ngrêti carane ngêdêgake panggaotan bathik mau, iya banjur arêp madêg pribadi, sanadyan olèhing pawitan dilakoni ngêdoli barang darbèke utawa utang-utang, malah-malah sok utang sarana anakan gêdhe bangêt.

Garèng : Lho, Truk, kaya ngono kuwi

--- 1074 ---

ing jaman saiki rak wis lumrah, ta, bôngsa Walônda dhewe anduwèni paribasan kang unine kira-kira mangkene: aluwung cilik, ning dadi bandara, tinimbang gêdhe ning batur. Lho, kuwi pancèn bênêr bangêt. Apa manèh tumraping wong sing anduwèni dhasar ati mêrdika, kuwi sanadyan diblônjaa sapira, ya wis ora yaok, aluwung pamêtu sathithik, nanging mêrdika, nang ati mêsthi ayêm. Kayadene aku kiyi, gêlêma diprentah nyang wong liya, rak wis dibênum dadi mantri lêmut, blanjane ya ora kurang saka f 25, nanging aku kiyi pèncèn anduwèni dhasar ati mêrdika, dadi iya aluwung narima duwe pamêtu sathithik, ning atine ayêm. Mara, pikirên dhewe, wong ayêm ora kaya wong mêrdika, arêp kaloyongan saparan-paran, ora ana sing elik-elik, arêp tangi awan, ora ana sing ngarubiru, arêp turu sadina sawêngi salawe jam dhur-dhuran, ya ora ana sing mrêduli, cêkake arêp apa bae, bisa kalakon. Lho kaya mêngkono kuwi sing dak tindakake saiki, dene nèk wêtêngku krasa ngêlih, mung kèri anggawa bathok, lumaku turut èmpèr.

Petruk : Wiyah, kuwi rak tindake wong ngêmis. Lho, kok lumrah panampane wong mungguhing mêrdika kuwi, rumasane kêna sakarêp-karêp, kêna sagêlêm-gêlêm. Wong saiki kiyi sing kanggo kêmbang lambe bisane mêrdika, dene sing dikarêpake mung bisane sakarêp-karêp mau. Wusana gambarane wujuding mêrdika: bisa sênêng-sênêng, bisa sakarêp-karêp, lan pamêtune nyukupi, babar pisan ora ngèlingi, yèn wong urip kuwi duwe kuwajiban, kudu anêtêpi lumrahe wong ngaurip, yaiku: kudu anyukupi anggone bêbojoan, pangrêksaning anak, lan pasrawungan karo wong akèh. Wis, wis, samene bae dhisik.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat Kabar Sanès

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana ngêsahakên ukuman bucalan dhatêng tiyang 5 ingkang kadakwa nindakakên gunadhêsthi ing kraton kasultanan Langkat, sami kabucal dhatêng Jambi.

Ing dhusun Cisaar, ondêr dhistrik Pangarsah, Priyangan, wontên tiyang nama Sarpan, ing wanci enjing badhe dhatêng sabin dipun cakot ing sawêr wêlang. Sakawit botên karaos punapa-punapa, nanging sarêng siyang badanipun lajêng bêntèr andharodhog, badan sakojur dados biru, dangu-dangu sakitipun saya sangêt, wusana sarêng jam 6 sontên ngajal.

Ing tanggal 15 wulan punika mêsin mabur K.N.I.L.M. wiwit tumindak mabur saking Batawi dhatêng Palembang, ambêkta momotan tuwin sêrat pos. Salêbêtipun anggêgana mawi kêkalangan wontên sanginggiling Martapura, inggih punika têlênging kabudidayan-kabudidayan, prêlu nyatakakên ajênging kabudidayan ing ngriku.

Pambantu Kajawèn ing Dêmak martosakên, kala tanggal kaping 13 wulan punika, panyadean sarêm ing Dêmak dipun pariksa ing pangagêng, nalika mariksa ing kamar I pinanggih kêkirangan sarêm 300 dhus, satunggal dhus rêgi f 1,60. papriksan taksih kalajêngakên. Mantrinipun kagledhah ing udhêng wontên artanipun. Lajêng katahan ing kunjaran, taksih kalajêngakên papriksanipun.

Kawartosakên, awit saking dhawuhipun pokrul jendral dhatêng jaksa ing Pakalongan, Tuwan S. Cipta pursitêr P.N.I. ing Sêmarang, tuwin Tuwan Ir. Sukarna ing Bandhung, kapriksa prakawis sêprik dhêlik nalika parêpatan wontên ing Pakalongan.

Parentah mêling mêsin poiser 35 iji, utawi dalancangipun cacah 50 yuta dhatêng Ruys, prêlu badhe kangge nindakakên cacah jiwa ing taun 1930.

--- 1075 ---

Warga polêksêrad Tuwan P.F. Dahler ngajêngakên panuwunan dhatêng parentah ing bab kawontênanipun golongan juru sêrat, supados dipun ewahi balanjanipun, kados ingkang sampun dipun janjèkakên ing sawatawis taun. Bab punika sampun angsal wangsulan saking wêwakiling parentah, bilih parentah badhe angewahi bab wau, nanging sarèhning kathah prakawis sanès ingkang kêdah katindakakên rumiyin, dèrèng sagêd katindakakên ing taun punika. Up bêstiring Schrijversbond nyumanggakakên bab punika dhatêng Tuwan P.F. Dahler ngantos dumugining kasêmbadan.

Nalika Sri Nata Siyêm rawuh ing Malabar, kajawi kintun telêgram, ugi tilpun sêsambêtan kalihan intêrnatsional dhatêng Bangkok.

Bêbaunipun pabrik kopêr gadhahanipun Osman Amad ing Surabaya, cacah 110 sami mogok, jalaran bayaranipun dipun suda 20%. Bab punika lajêng dados pajagèning pulisi.

Pambantu Kajawèn ing Tumpang (Malang) martosakên, wiwit tanggal 12 dumugi 17 Agustus, jawah awu ing Tumpang dalah sawêwêngkonipun katingal saya dêrês. Wontên wartos awu wau asli saking rêdi Brama. Sanajana kalamôngsa ing wanci siyang jawahipun ragi suda, ananging ing pundi-pundi panggenan mêksa kathah balêdug amabul-mabul, jalaran awu ingkang sami nangsang ing wit-witan katêrak angin, dados sami kabur, sabên dalu dêrês malih. Sawarnining gêgodhongan tuwin payon-payoning griya namung katingal awu, saya dangu saya kandêl. Dados sabên dintên srêngenge tansah tinbrêng. (N).

Ing tanggal 15-8-'29 ing dhusun Kambingan saha Kidhal, tuwin dhusun-dhusun sanèsipun (bawah Tumpang), kasumêrêpan kathah lêmbu sami sakit ngilêr, sawênèh wontên ingkang botên sagêd tangi. Saking pangintênipun tiyang dhusun, jalaran saking wontênipun jawah awu kasêbut nginggil, awit têdhanipun lêmbu sami katutan awu, katôndha wiwiting katrajang sakit makatên wau ing sadangunipun wontên jawah awu kemawon. Sabên dintên ing dhistrik tansah nampèni palapuraning tiyang, lêmbunipun sakit. Tanggal 27-8-'29 wontên palapuran malih, nêrangakên bilih lêmbu-lêmbu wau wontên ingkang pêjah 1. Wondene para priyantun ingkang wajib ugi sampun nindakakên rêrigêdrêrigên. ing bab punika (N.)

Nalika tanggal 10-8-'29 satunggiling prabot dhusun apangkat kuwawa (juru ambage toya ing sabin) pinuju nindakakên kuwajibanipun, dumadakan dipun pacul sirah saha tanganipun dening tiyang bawahipun, ing dhusun Sumbêr Kradenan (Tumpang) ngantos nandhang tatu rêkaos. Dene jalaranipun, miturut paturaning tiyang ingkang dosa wau, amargi saking mangkêling manahipun sampun watawis lami. Kuwawa wau anggèning nindakakên padamêlan pambage toya kirang adil. Prakawisipun taksih kapriksa.

Anyarêngi dhawahipun dintên garêbêg Mulud, ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ing Surakarta botên miyos sinewaka, amargi gêrah.

Lulus dados Ind. Arts wêdalan Stovia Tuwan Saphiyul Anwar, asli saking Pordhêkok.

Ing Bandhung wontên pakêmpalan wanita bôngsa Sundha nama Poetri Tjihapit kintên-kintên ancasipun kados pakêmpalan Wanita Sajati.

Wontên pawartos, kalawarti Adil Paramarta wiwit sapunika botên kawêdalakên malih, amargi botên katingal majêng. Ing sapunika arta sadhiyan ingkang kangge waragad wêdaling kalawarti wau badhe kasuwun dhatêng parentah katanjakakên kangge prêlu sanès, ingkang nocogi kangge prêlunipun kawula umum.

Wangsulan saking Redhaksi

Tuwan Sabrowi ing Gumêntêr, redhaksi Kajawèn botên nampèni pikantuk panjênêngan gambar.

Lêngganan nomêr 2524 ing Ngayogya. Kintunan panjênêngan gambar 4 kirang cêtha, kakintunakên wangsul.

Lêngganan nomêr 2047 ing Kutha Gêdhe. Kintunan gambar saking panjênêngan kakintunakên wangsul. Kamanah botên patos wigatos.

Lêngganan nomêr 470 ing Surakarta. Sarèhning tatacara kados ingkang panjênêngan ngandikakakên punika nama dèrèng calimèn yêktos, mila botên kapacak, gambar kakintunakên wangsul.

Lêngganan ing Natadiningratan, Surakarta. Kintunan panjênêngan gambar botên kapacak, amargi sampun wontên.

Lêngganan nomêr 3123 ing Surakarta. Gambar botên kapacak, sampun wontên ingkang ngintuni.

R.S.H. Kusuma, ing Salatiga. Sarèhning panjênêngan sampun ragi kasèp, kintunan panjênêngan gambar botên kapacak.

Lêngganan nomêr 773 ing Ngawi. Gambar kintunan panjênêngan kakintunakên wangsul, amargi lêlampahan kados makatên punika kêrêp sangêt.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 3036 ing Kalisêtail. Pos wisêl f 1.50 ingkang nêmbe kakintunakên punika tumrap kuwartal 1 taun 1930. Ngalamat sampun kula wêwahi: Sêmpu.

Lêngganan nomêr 3131 ing Klapagadhing. Kula aturi pitakèn dhatêng H. Buning utawi Tan Khoen Swie ing Kadhiri.

Lêngganan nomêr 4088 ing Tejakula (N. Bali). Kêparênga paring priksa punapa panjênêngan punika inggih M. Goenadi ingkang rumiyin dados mantri panyadean candu ing Tumbakbanyu, Z. Bali?

--- 1076 ---

Wêwaosan

Sêrat Bayan Budiman

Karanganipun Mas Arjawiraga

22.

[Gambuh]

pun Sabur wantunipun / janma mlarat marma mung nèng dhusun / datan ketang wisma alit andarbèni / myang gêsang lan semah rukun / datan nate apadudon //

dene dènnya dêdunung / nèng wêwêngkon kalurahan Ngindhung / ingkang môngka cagak tuwak sabên ari / amung saking anênurun / sêratanira kinaot //

wusana dangu-dangu / wus sumêbar warta kang rinungu / lamun Sabur satuhu janma undhagi / lan sêratannya pinunjul / Patih Dhamaskus mangrêtos //

tumuli adhêdhawuh / yèn sambada pun Sabur pinundhut / pinrih dadya juru panitraning patih / nalika Sabur angrungu / kalangkung suka ing batos //

ngrasa antuk pitulung / cinakêtkên kalawan wong agung / tan antara sajarwa marang kang èstri / ing wêkasan mung jumurung / kanthi sukurirèng batos //

nulya umangkat sampun / anggung èngêt maring rabinipun / ketang dèrèng nate pisahan salami / riwusing prapta ing purug / ing manah raos cumêplong //

ki patih duk andulu / sakalangkung karênan ing kalbu / dening Sabur kawuryan ngrakêtkên ati / kang warna satuhu bagus / traping tatakrama manggon //

nuli saya kadulu / Sabur wêgig samubarang laku / ing wusana konjuk maring sri bupati / sri nata rêna kalangkung / duk uning mring abdi anom //

datan dangu jinunjung / dadya juru gêdhong kang kalangkung / pinitaya kuwasa sajroning puri / kinathik ing siyang dalu / anggung cakêt ngarsa katong //

wartanira kalantur / wus sumrambah dadya kêmbang tutur / malah kongsi kapyarsa sang pramèswari / apan ing satêmah tuwuh / rêrasan jroning kadhaton //

myang sri supadni tuhu / arsa uning ing kêkasih prabu / duk samana kang kalamôngsa nyarêngi / Sabur umiring sinuhun / tindak taman ing kadhaton //

samana jêng sinuhun / dhawuh maring Sabur kadi gêtun / hèh ta Sabur sira balia tumuli / angambila têsbèh ingsun / kang kari anèng paturon //

Sabur agita wangsul / dupi prapta jêroning kadhatun / arsa manjing mring pasarean tumuli / apan ta nyarêngi nuju / kêpapag supadni katong //

nulya alon dinangu / apa sira kang pêparab Sabur / kang kinasih marang sinuhun kêpati / ing mangkya ingsun wus wêruh / warnanta tuhu kinaot //

Sabur amung andhingkluk / dahat maras ing tyas uwas têrus / tanpa atur amung cêkak anginggihi / sri supadni nuli muwus / wruhanira bocah anom //

iki pêparing ingsun / maring sira sangsangan di luhung / ingkang lagya uwal saka jôngga mami / dadia tôndha satuhu / lir tandhaning trêsnaningong //

ing sanalika wau / Sabur ngrasa lan uning ing sêmu / lamun iku nyata sih ambilaèni / sakala èngêt ing laku / lamun dinuta sang katong //

samar yèn antuk bêndu / marma nulya agita lumaku / datan pisan tanggap mring sang pramèswari / nulya lumaku sumêbut / tumindak agnyaning katong //

amung ing cipta tuwuh / anggung ngrasa lir mangguh pakewuh / duk samana Sabur sumusul tumuli / angaturkên têsbèh sampun / sri nata rêna ing batos //

kacarita duk wau / sori nata sakalangkung bêndu / lan rumaos dahat merang ing panggalih / wusana nulya wêwadul / kawuryan langkung wigatos //

dene gatining atur / tur uninga kalamun pun Sabur / têka maring pramèswari kumawani / arsa darbe tindak dudu / sumongga ing karsa katong //

ing sakala puniku / sri narendra dahat dènnya bêndu / sêsirating tingal lir urubing gêni / cinakêtna mêrang murub / wêkasan mung kêrot-kêrot //

wagugên ing tyas prabu / ketang dahat sihira mring Sabur / yèn ta kongsi winêdhara kang wêwadi / kuciwa mênggahing ratu / tan kuwawi ngênêp batos //

sumarma kandhêg amung / anganti mring kalamangsanipun / mung kêtitik ing sêmu krasa nêrusi / marang ciptanirèng Sabur / ari ratri mung kuwatos //

apan marêngi nuju / sri narendra angêngimur kalbu / lêlangên mring jawi kitha nguningani / pangobongan gamping agung / sang aprabu mampir rawoh //

juru gamping kalangkung / gugup uning katamuan luhung / sri narendra nulya angandika ririh / ingsun amundhut gaweku / dikongsi bisa kalakon //

ingsun arsa angutus / panakawan ingsun ing kadhatun / ingkang môngka têtêngêr duta sajati / iyèku anggawa jêruk / tumuli sira dèn gatos //

cêkêlên janma iku / cêmplungna mring pangobongan murub / aywa kongsi janma iku datan lalis / janma ingkang tampi dhawuh / sandika manut kemawon //

dupi sri nata kondur / nulya dhawuh alon marang Sabur / sira Sabur ingsun duta ing saiki / enggal amaringna jêruk / mring onggyaning juru obong //

paringna jêruk iku / aywa pisan sira kongsi kliru / alon nêmbah Sabur gita nulya mijil / riwusing Sabur lumaku / sri nata nimbali uwong //

kadhawuhan tumutur / mêmanuki mring lakune Sabur / dyan sri nata dhawuh gatinya tinuding / sandika nulya umundur / amung tungkakan kemawon //

nanging kêpêksa kantun / dening Sabur rikat lampahipun / ing wusana wruh Sabur mampir mring masjid / araryyan sêmbayang luhur / janma pan sumusul alon //

nanging datan kadulu / awit awor lawan janma rubung / amung anon jêram gumlundhung ing siti / wêkasan ing cipta tuwuh / mèt pangalêmbanèng katong // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]