Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-10, #1644

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1929, #1644
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-01, #1644. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #353.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-02, #1644 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #385.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-03, #1644 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #386.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-04, #1644 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #387.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-05, #1644. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #388.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-06, #1644. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #389.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-07, #1644 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #390.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-08, #1644. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #391.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-09, #1644. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #392.
10.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-10, #1644. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #393.
11.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-11, #1644 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #394.
12.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-12, #1644 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #395.

Ôngka 79, 27 Rabingulakir Taun Ehe 1860, 2 Oktobêr 1929, Taun IV

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1237] ---

Ôngka 79, 27 Rabingulakir Taun Ehe 1860, 2 Oktobêr 1929, Taun IV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Sawangan Nyamar

[Grafik]

Sawangan ing sacêlakipun pasisir Banyuwangi, sairiksairib. kados sawangan ing tanah Eropah.

--- 1238 ---

Tanah dalah Têtiyangipun

Rêdi Sumbing

Sampun dados adat kalimrahan, nama-namaning nagari, lèpèn, rêdi, wana tuwin sanès-sanèsipun, ing sakawit tamtu wontên cêcariyosanipun, cêcariyosan wau lajêng dipun ugêmi ing akathah, dene lêrês lan botênipun, botên kasumêrêpan.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun rêdi Sumbing dipun tingali saking Magêlang

Ing ngriki badhe nyariyosakên sakêdhik ing bab mulabukanipun nama rêdi Sumbing. Cariyosipun kados ing ngandhap punika:

Nalika jumênêngipun nata Prabu Ajipamasa, nata ing Mamênang inggih Kêdhiri, kêrêp tindak alêlana dhatêng praja-praja ingkang kabawah ing Mamênang, awit sang prabu nêmbe jumênêng nata binathara enggal, kathah ewah-ewahaning praja, utawi kathah nata sanès-sanèsipun ingkang nêdya botên purun nungkul dhatêng sang nata, dados jumênêngipun nata Prabu Ajipamasa tansah amanggih ruwêt rêntêng, bawanipun taksih enggal wau.

Anuju satunggiling dintên sang prabu tindak pêpara, samargi-margi sang prabu tansah dipun sowani ing têtiyang ingkang sami kapêtêngan manah, sami nyuwun pêpadhang, awit sang prabu misuwur sagêd nyarasakên tiyang nandhang cacad, sagêd ambingahakên tiyang susah, têtêp angagêm kaluhuran tuwin kawasaning ratu.

--- 1239 ---

Kacariyos nalika tindakipun sang prabu dumugi laladanipun nagari Malawapati, wontên tiyang sowan ing sang prabu. Mirid waguning solah, tiyang wau botên kulina kalihan tiyang praja, nanging nalika tiyang wau dipun êndhêg lampahipun dening pandhèrèk nata, amangsuli: bilih wigatosipun badhe sowan ing sang prabu, botên kenging yèn dipun êndhêga, dados sanadyan tiyang ingkang sowan wau ragi kuciwa ing tatakrama, inggih dipun lêstantunakên.

Sadumuginipun ngarsa nata, tiyang wau dipun dangu, umatur nama Janggan Sundara, dêdunung ing rêdi Sodha, mênggah wigatosipun marêk ing sang nata, Ki Janggan mirêng pawartos, bilih sang prabu sagêd nyarasakên tiyang nandhang cacad. Sang prabu aparing dhawuh, kasambadanipun mawi pinarêngakên ing dewa. Janggan Sundara matur malih, piyambakipun gadhah anak èstri sakalangkung ayu, nanging nandhang cacad guwing, anakipun wau dipun namakakên pun Sumbing. Manawi sang prabu amarêngakên kaaturan rawuh dhatêng griyanipun Janggan Sundara, supados nguningani dhatêng warninipun pun Sumbing saha kaparênga nyarasakên.

Sang prabu lajêng rawuh dhatêng panggenanipun Janggan Sundara sapandhèrèk sadaya, Ki Janggan sangêt anggènipun angurmati. Ing ngriku Rara Sumbing lajêng dipun sowanakên ing sang prabu. Sang prabu nalika uninga sakalangkung ngungun ing galih, ing batos ngalêmbana dhatêng ayunipun Rara Sumbing. Saha sakalangkung wêlas. Wusana Rara Sumbing dipun jampèni ing sang prabu sagêd saras, saya katingal ing ayunipun.

Ki Janggan sakalangkung bingah ing manah tanpa upami, dene anakipun sagêd saras, makatên ugi sang prabu inggih sakalangkung suka sukur ing dewa, dene pinarêngakên sagêd nyarasakên cacadipun Rara Sumbing.

Jalaran saking ayunipun wau, saking kaparêngipun sang prabu, Rara Sumbing dipun êlih nama Sumbadra, kapiridakên namanipun garwa panêngah Pandhawa, dene nama Sumbing lajêng kangge ngêlih namaning rêdi Sodha, lêstantun dumugi sapunika.

Lêrês lêpating cêcariyosan wau nyumanggakakên.

Dene gambar ingkang kapacak wontên ing karangan punika, gambaripun rêdi Sumbing dipun tingali saking Magêlang. Awak-awakaning rêdi katingal anjêgêrêng sinaput ing mega sumamar. Dhusun-dhusun katingal pating prênca, kinupêng-kupêng pasabinan, anandhakakên manawi ing ngriku mirah wos pantun. Sêsawangan ingkang katingal wontên ing gambar wau, saupami dipun côndra, satunggal-satunggaling kawontênan ingkang katingal botên kêkirangan côndra. Ing ngriki namung dipun cêkak, sadaya wau amujudakên sêsawangan adi, dipun sawang saking Magêlang.

--- 1240 ---

Kawruh Sawatawis

Bab Wirasating Manungsa Mêndhêt saking Kawruh Tionghwa

Sambêtipun Kajawèn nomêr 67.

Irung punika sae ingkang lêncêng andalêjêr, sarta kathah dagingipun. Irung ingkang wangunipun kados irung warak, sawêr naga, sima, menda, maesa sarta wangunipun kados rosan kakêthok (papak) sarta kados kanthong wontên isinipun, utawi kados ginjêl ginantung, jêjêg botên mèncèng, tur agêng punika sae sangêt. Manawi tiyang irungipun ing pucuk abrit utawi sêmu cêmêng, punika wahananipun asring bibrah anggèning abale griya.

Ananging irung ingkang kados irunging sagawon, utawi kados cucuking pêksi podhang, lincip bengkang-bengkong, lèng-lènganipun andhangak, gèpèng tipis katingal balungipun, punika botên sae, tiyang ingkang irungipun kados makatên punika, wahananipun rêkaos, botên wontên kadadosanipun, tur manahipun awon srakah.

Mênggah cangkêm punika ingkang sae lambenipun abrit, untunipun pêthak mênthur, lambe ngandhap kalihan lambe nginggil, sami kandêlipun, saha radin, sarta lêkoking lambe ngandhaping irung ingkang lêbêt sarta panjang wangunipun kados wulan tumanggal, utawi kados gandhewa pinênthang, langkung sae malih manawi cangkêm wangunipun pasagi.

Dene cangkêm ingkang kados cangkêm sawêr naga, sima tuwin maesa, lambe ngandhap nginggil botên anjêbèr sarta botên dongos, botên lancip, katingal parimpên, ing jawi kados wontên amping-ampingipun, punika cangkêm ingkang sae piyambak. Cangkêm ingkang wangunipun kados cangkêm babi, sagawon, maesa, tikus, sarta kados wanguning baita mangkurêp, lambe cupêt cêmêng pating jêngkêrut, lambe nginggitnginggil. tipis, lambe ngandhap andomblèh, untunipun katingal, inggih punika cangkêm ingkang awon. Ing kitab wirasat, wontên ungêl-ungêlan makatên, satunggal-satunggaling panggenan, kados ta: kuping, alis, mripat, irung, tuwin cangkêm, manawi wontên ingkang kadunungan côndra sae, wahananipun sok sagêd sugih singgih kathah daulatipun, ananging namung salêbêting sadasa taun. Dene salah satunggiling panggenan wau, manawi wontên ingkang kadunungan côndra awon, wahananipun rêkaos salêbêting sadasa taun.

Kuping

Mênggah kuping punika ingkang wangunipun sêgêr, inggilipun angungkuli alis, sarta lêkak-lêkokanipun jêjêg, sarta jangkêp, godhohipun kandêl, lèng-lènganipun wiyar, punika sae. Manawi kuping têngên ingkang cacad, wahananipun botên sagêd langgêng tinêngga ing biyungipun, dene manawi cacadipun wontên ing sisih kiwa, wahananipun botên sagêd langgêng tinêngga ing bapa. Manawi kuping langkung andhap tinimbang alisipun, punika wahananipun [wahanani...]

--- 1241 ---

[...pun] sok ambibrahakên têtilaraning lêluhuripun, tur sakêdhik sadhèrèkipun, wahananipun piyambak inggih kirang gangsar. Kuping punika kenging kaupamèkakên ratu, dene alis upaminipun patih, mila ingkang sae piyambak kuping ingkang sagêd ngungkuli alisipun. Ingkang makatên wau wahananipun sagêd singgih, kadunungan budi padhang, sarta gathèkan.

Kitab Ongkimsyang, nyariyosakên makatên: ji, ko, bi, it juning, putsyu, pingun, (ji = kadosdene. Ko = inggil. Bi = alis, it = satunggal, jun = dim, ing = têmtu. Put = botên, syu = tampi. Pin = mlarat. Gun = rucah). Têgêsipun: kuping kang dhuwure lan alis, bisa luwih sadim, salawase ora bisa rêkasa lan malarat. (Badhe kasambêtan)

R. Singgih. Pêkên Gawok, Surakarta.

Panglipur Manah

Raos Katrêsnaning Bapa Biyung dhatêng Anak

[Dhandhanggula]

mêmanising yayah miwah wibi / kongsi datan kêni pinindhakna / ananira datan pae / kang asor myang kang luhur / tatanira sayêkti sami / miwah kang sato kewan / ing tyas mêksa tuwuh / nadyan cipta tan sampurna / mung katrêsnan têtêpira maring siwi / tan prabeda manusa //

marma lamun rinasa nêrusi / rasanirèng katrêsnan mring putra / baya aran wus pêsthine / nadyan ngaku tan sarju / mung katitik katon ing lair / batin têtêp tan oncat / tan gèsèh sarambut / tôndha ing kayêktènira / datan lila cinatur liyaning janmi / sanadyan anak ala //

wus maratah salumahing bumi / suta dadya uwohing paningal / gumantil dadi atine / tan ngetang rupa bagus / awarnaa lir setan gondhil / pangrasane wong tuwa / tan kasoran bagus / nadyan putraning bandara / datan nyundhul kadi warnane Sarimin / ingkang suta priyôngga //

marma tuwuh têtêmbungan Jawi / bêbasane kang kancana wingka / yèku môngka ngupamakke / mring kuciwaning sunu / nadyan kadi wingka upami / mêksa sawang kancana / raras sarwa bagus / sumarma lamun rinasa / amêmada sutaning liyan tan kêni / tumanduk ing tyas lara //

awit nyata ing pangudang yêkti / nadyan sutaning wong sudra papa / wênang kinudang ing têmbe / bisa dadi tumênggung / mung minôngka pamarêm ati / mokal yèn ta kinudang / murih dadya batur / dene kasambadanira / mung Pangeran kang amurba misesani / datan kêni kinira //

pan mangkana trêsna kang sajati / kang pinangguh anèng rasanira / wong atuwa mring anake / yêkti tinêmu mathuk / samantakna mring jaban langit / baya datan prabeda /

--- 1242 ---

marma jatinipun / mrih janma mèngêt sapadha / lamun trêsnèng bapa biyung maring siwi / tan kêni dèn imbakna //

[Grafik]

Gambar saking kiwa manêngên, 1. putri Faiza, 2. putri Faikah, 3. putri Fewzie, 4. Pangeran Adipati Farouk, sami putra nata ing Mêsir.

mangkya marna rarasing sudarmi / kang pinisah têbih lan atmaja / yêkti karasa atine / rina kalawan dalu / kang gumawang têlêng pangèksi / namung kang tan katingal / manggung gandhul-gandhul / datan pae sutanira / anggung mèngêt rasaning pisah sudarmi / kang katon asih trêsna //

kadi nata ing praja gung Mêsir / kang ing mangkya nêmbe alêlana / nèng Eropah jajahane / pisah lan para sunu / samya dadya wohing panggalih / yêkti tansah kawangwang / ing suwarnanipun / kana-kene datan beda / anggung mèngêt dènnya pêpisahan lami / saya dangu karasa //

ananging ta kangjêng pramèswari / anggung mèngêt karênaning [ka...]

--- 1243 ---

[...rênaning] raka / nulya nglêmpakkên putrane / dyan ginambar ngalumpuk / kang anggambar jêng pramèswari / ingaturkên sri nata / kang andon ngêlangut / gambar kang kadya punika / yêkti têrus karasa ngayêmi ati / maring jêng sri pamasa //

kumênyuting tyas sasami-sami / yêkti darbe cipta kang mangkana / anggung alit datan pae / lamun anon ing sunu / samya lêma awaras-wiris / dinohan sambekala / ing sasêdya tutug / kabagyan ingkang mangkana / yèn rinaras wus mawèh marêming ati / ganjaraning Suksmana //

Tumut Murinani Bab Rêndhêting Lampahipun Kajawèn

Dèrèng dangu Kyai Lurah Badranaya (Sêmar) kalihan Garèng ngrêmbag bab rêndhêting lampahipun Kajawèn. Sanadyan rêmbag wau namung adhapur lêlucon, nanging sajakipun mranani, pancèn inggih prêlu yèn Kyai Lurah Badranaya sagolonganipun sok anglairakên pamurinaning manah ingkang kados makatên, (mriksanana Kajawèn nomêr 72), sukur-sukur yèn ingkang katabêtan anggadhahi raos kêgarap dipun dandosi, punika sadaya badhe awoh prayogi. Kajawi saking punika sanajan rêmbagipun Kyai Lurah Sêmar wau sampun kacuthêl, nanging ing ngriki kula kapêksa tumut cawe-cawe nglajêngakên, awit katarik wontênipun tiyang rêmbagan makatên: Iyatalah, wong jaman wis padhang mangkene iya mêksa isih ana begalan bae, dudu êmas picis rajabrana, nanging ambegal layang kabar.

Nanging mênggahing sajatosipun, kula wani nêtêpakên, bilih kawontênan ingkang makatên wau botên adamêl eram utawi sêriking Kajawèn, awit punika dados tôndha saksi ingkang nyata bilih Kajawèn kathah ingkang rêmên, lan ambuktèkakên malih yèn sapunika sampun katawis kathah tiyang ingkang rêmên maos, sanajan ing dhusun-ngadhusun, tandhanipun kabêkta saking sangêting kêpenginipun, ngantos dipun rencangi ambabok-babok maos, môngka talêcêring sêdyanipun Kajawèn makatên ingkang prêlu inggih namung angajêngakên waosan, murih têtiyang bumi saya jêmbar sêsêrêpanipun. Katôndha saking rêgining Kajawèn tigang wulan f 1.50 punika yèn kamanah saèstu kalihan saening wujud dalah isinipun, rak dede rêrêgèning sêrat kabar, môngka mêdalipun saminggu kaping kalih, dados ing dalêm sakwartal mêdal kaping 24-25, gèk mawi ngêmot gambar-gambar, cariyos, piwulang, kawruh, pakabaran warni-warni ingkang nyênêngakên manah, punapadene sêsêrêpan enggal ingkang mathuk dhatêng jamanipun. Punapa punika taksih kawisên kados makatên.

Cobi kapetanga prangkonipun kemawon sakêdhikipun sampun f 0.24 - f 0.25 tarkadhang langkung saking samantên. Dados rêgi rêsik namung ± f 1.25 lêngganan sagêd nampi 25 buku. Suwawi katandhinga kalihan rêrêgèning sêrat-sêrat kabar sa-Indhonesiah, punapa wontên ingkang nyamèni ing bab mirahipun… kados lôngka. Awit Kajawèn makatên pancèn yasanipun kangjêng pamarentah amrih adamêl kamajênganing kawula Jawi sadaya.

--- 1244 ---

Langkung-langkung tumrap kaum alit ing padhusunan, punika prêlu sangêt.

Lho, sanadyana makatên, pamuji kula tumrap para rêmên maos Kajawèn ingkang namung trimah nêmpil (ambabok punapa ambegal) wau, mugi èngêta bilih sawarnining kasênêngan punika kêdah kanthi arta, saratipun tiyang amangun kasênêngan punika mêsthi kêdah purun ambucal waragad. Awit yèn botên makatên, kajawi sok adamêl gêla utawi kapitunaning liyan, sisip sêmbiripun angusutakên asmanipun piyambak.

Kosok-wangsulipun, rèhning kala anu Kyai Lurah Sêmar botên karsa nyêplosakên babarpisan ingatasing tindak ingkang makatên wau kalêbêt ing kukum punapa, mila ing ngriki kula namung sagêd ngaturi ancêr-ancêr: bilih para pandheganing Kajawèn punika kenging kawastanan bôngsa ingkang pêng-pêngan sadaya, malah ing ngriku kathah benggol-benggoling ahli basa ingkang ngêmudhèni, saha malih pambantunipun botên sakêdhik cacahipun, tur ing pundi-pundi panggenan wontên, dados inggih botên sakêdhik wragadipun, pramila wujuding Kajawèn botên nguciwani isi dalah kawontênanipun, ngantos kula sagêd mastani yèn kalawarti Kajawèn namung rêgi samantên punika botên awis. Lho punika sanyatanipun, botên ngumpak. Saya tumrap tiyang ingkang rêmên maos, tamtu sagêd nimbang pangaos, awit nitik saking balanjanipun ingkang sami ngêmudhèni tamtunipun kathah sangêt, pramila tinimbang dados rêmbagipun Kyai Sêmar, prayogi dados langganan kemawon tumuntên… makatên utaminipun.

Wasana nyuwun pangapuntên.§ Tuwuhipun raosing panggalih panjênêngan wau mugi numusi dados panggalihanipun ngakathah. Red.

Saking kula golongan kaum kaondêran ingkang kuwatos dipun caruk kêmpul dening kritikipun Kyai Lurah Sêmar sapanunggilanipun.

Lêngganan K. 1815.

[Grafik]

Sumbêr toya ing Jubêl, ingkang dipun yasani kailèkakên dhatêng Jombang utawi Surabaya, kangge toya ombèn. Ing dalêm sadintên sagêd ngêdalakên toya 1000 m3.

--- 1245 ---

Jagading Wanita

Olah-olahan Cara Jawi

Sambêtipun Kajawèn nomêr 78.

Sate Madura

Pratikêlipun kadosdene olah dhèndhèng age, kaotipun: irisaning ulam alit-alit awangun sate, tuwin kasujenan (botên sapit) lan inggih ugi mawi kagêpukan, tuwin arèhipun mawi bakaran kunir kapipis lumêr, lan mawi kauworan ulêgan lombok abrit sawatawis. Patrapipun amanggang tuwin ngopyok arèh, mirida olah dhèndhèng age ingkang sampun kapratelakakên ing ngajêng.

Sêmur lombok.

(Punika sampun ragi kêclamoran cara Wlandi)

Lombok krupuk (lombok ingkang tanahanipun agêng sangêt) ing bongkot sacêlaking gagang kakêthoka, isi lan sontrotipun ing têngah: karêsikana mawi sogok sujèn gilig papak, kaatos-atosa sampun ngantos mêcahakên kuliting lombok, lajêng kaisenana cacahan daging kabumbonan mrica pala ingkang ngantos bêntêt, anggèning ngisèkakên kalihan mawia sogok sujèn papakan wau, murih ing pucuk sagêd kisèn. Lajêng kagorenga, lisahipun kalêntik sabagean, mêrtega: kalih bagean, bilih lombokipun wau sampun alum, lajêng kaduduhana kecap kacolok ing cokak Walandi sakêdhik, tuwin bubukan mrica pala sapantêsipun, duduh wau kaangkaha amung nyêmêk-nyêmêk, tumuntên kaungkêpa, umob kaping kalih: sampun tanak, lajêng kauwur-uwurana gorengan barambang.

Tigan pindhang tulèn.

Tigan ayam utawi tigan bèbèk, kakumbaha ingkang rêsik, lajêng kagodhoga ing santên abumbu pindhang (kluwak kapipis lumêr, sarêm traos, brambang bawang, kaulêga lêmbat. Salam laos, namung kacêmplungakên ing santên, sarêmipun ragi dipun kadukana). Manawi sampun ngatawisi badhe umob, lajêng têrus kakêbura kemawon, bilih sampun umob marambah-rambah, kenging dipun êndhani pangêburipun, tuwin kaoyoga murih kulitipun sagêd rêmak, mrasuk bumbunipun. Anggêr duduhing pindhang sampun sat, inggih sampun tanak.

P.

--- 1246 ---

Kabar Sanès Praja

Tilas Nata ing Afghanistan

[Grafik]

Ing ngajêng gambaripun Prabu Amanoellah.

Para maos tamtu dèrèng kasupèn dhatêng kawontênanipun ura-uru ing praja Afghanistan. Ing ngajêng Kajawèn sampun nyariyosakên ing bab linggaripun Prabu Amanoellah saking praja.

Jalaran saking nyarêngi ura-uruning praja, kawontênanipun Prabu Amanoellah lajêng botên patosa kocap, awit kawontênanipun pawartos namung nyariyosakên bab kawontênan ing praja Afghanistan kemawon, tumrapipun sang prabu pawartosipun namung kacêkak: sang prabu linggar saking praja sakalihan ingkang garwa.

Ing sapunika kawartosakên, bilih sang prabu wontên ing Rome, mênggah wigatosipun punapa, dèrèng kasumêrêpan, namung kacariyosakên, anggènipun wontên praja sanès punika prêlu ngimur-imur panggalih, lan botên kagungan karsa wangsul dhatêng prajanipun.

--- 1247 ---

Waosan Lare

Nagara Mirasa

XXVI. Dhauping pangantèn

[Pocung]

Rame umyung nagara ing Karangagung / wong sajroning kutha / upyêk padha angrasani / yèn ratune arêp angramakke putra //

ngalun-alun makajangan sungsun-sungsun / ing sabên paseban / dirêrêngga sarwa pèni / nganti wuwuh tarube têkan ngarêpan //

pating glêbyur rupaning suwiran janur / ketok rembyak-rembyak / wujude ngrêsêpke ati / disêlani godhong ringin kanggo buntal //

iju-iju agawe sêngsêming sêmu / nganggo têtuwuhan / gêdhang matêng karo cêngkir / ora lali dikoki têbu rêjuna //

gumarudug wong desa sing lagi tutug / anggawa gêgawan / prêlu arêp ngrêrewangi / lan masokke pajêg minôngka pasumbang //

awit mungguh ing dhèk biyèn lurah patuh / ya pyayi nagara / kang dadi pangane bumi / awit durung ana sing jênêng balônja //

yèn dipetung tampaning pajêge êmung / Mulud karo Pasa / dadi sataun pindho thil / liya kuwi sasate wis ora ana //

nanging jêbul èndhèlane pating jrêdhul / mèh tanpa wilangan / nyepak nylênthik olèh dhuwit / paribasan manthêlêng dhuwite têka //

ngono mau yèn disawang kaya kaku / wong desa nagara / sajak mung tansah pradondi / mung dadine bêkêl lêmu lurah lêma //

bali ngrêmbug ing bab dhuwur durung tutug / ramening nagara / wiwit kurang pitung bêngi / wis anjingglang padhange kaya raina //

barêng nuju ing tibane dina prêlu / swaraning gamêlan / kana-kene pating klêning / ing sitinggil ora lèrèn muni monggang //

barêng surup prêlune uwis kêcakup / diyan pating glêbyar / pangantèn kêtêmu uwis / lanang bagus putrine tanpa kuciwa //

sang aprabu ing Karangagung ing sêmu / mung sarwa kaduga / ora kêndhat amriksani / mênyang putra karo mantu ora kêmba //

siji bagus luruse aketok têrus / candrane Arjuna / yèn ngidaka têlèk pitik / ora pèndèng ananging iya pêng-pêngan //

uwis mathuk karo Dèwi Mênur gathuk / sêmune nyêmbadra / klêntrênge amêmêdèni / ora ana wong wedok sing ngèmpêrana //

siji mungguh awônda prajurit saguh / satandange cakrak / sajak ambaladewani / mung bab nêpsu Prabu Wêkêl ora ana //

garwa ayu mung cake rada kêmayu / yèn nuju ngêndikan / sapolahe kaduk nal-nil / nanging malah disawang saya prayoga //

wise entuk sapasar nuli dipêthuk / mênyang kapatihan / diênggo nyarati ngalih / jênêng ngundhuh pangantèn bubar sapasar //

kaya sulung wong nonton turut dalanggung / pangantèn digawa / anèng joli mingklik-mingklik / pangantène lanang padha nunggang jaran //

mantèn sêpuh nitihe jaran anglunuh / sing nom [no...]

--- 1248 ---

[...m] rada berag / jarane pijêr sêsirig / nganti ana wong rasanan sawatara //

ora patut pangantèn kok sajak bikut / bok ya rada sabar / besuk bae asêsirig / kêbangêtên aku nganti rada ewa //

ing dhèk mau ana wong nolèh mêcucu / ketok ora rêna / banjur dhêdhewekan muni / rupa ngono yèn èlèk ngono kuwi ta //

ana sambung cukup anggêpên wong gêmblung / wong dhêmên mêmada / jênêng lumrah cangkêm muni / lambe ngisor dhuwur lête ora ana //

wis ambanjur lakuning pangantèn galur / têkaning patihan / barêngan gamêlan muni / dibarêngi êdrèl muni barondongan //

wis malêbu mantèn loro pisan mau / nganggo pasamuwan / ramene anggêgirisi / sang aprabu sêpuh ya rawuh sadhela //

gênti catur Bok Karya mung tansah kuwur / mulane dipisah / awit mung tansah mêcicil / awit saka bungahe ora karuwan //

nganti kuru wiwit ana gawe mau / mung tansah trataban / mula dikok ing gon dhêlikan /Lebih satu suku kata: mula dikok ing gon dhêlik. mung supaya atine aja rêkasa //

wise rampung / ati lagi mari bingung / nuli mara têka / tilik pangantèn rong rakit / barêng wêruh anggalolo banjur niba //

para mantu padha nyêdhaki sing kantu / nuli dirêrômpa / Prabu Wêkêl ngandikani / kuwi rak mung saka jujuling pangrasa //

wis bèn tutug ora prêlu dadi rêmbug / prayoga sarèkna / mundhak kagèt ora bêcik / bakal ilang mêngko yèn uwis kulina //

barêng esuk Bok Karya wis thênguk-thênguk / pangantène padha / ora adoh cêdhak linggih / Prabu Wêkêl nuli alon angandika //

iya biyung patute ta kowe bingung / awit sapa ngira / ingatase asli cilik / bisa nêmu kanugrahan ora kira //

mungguh aku iya bangêt ing sukurku / dene biyung bisa / duwe turun dadi bêcik / ora liya saka gonmu katarima //

dadi patut kowe tantak. sunggi tak sêbut / wong tuwa nugraha / aku ora isan-isin / ngaku biyung nadyan wong cilik balaka //

sing angrungu padha krasa diwêwungu / sarta padha lêga / tumuli Dèwi Malathi / anyêdhaki mênyang biyung maratuwa //

dhasar baut yèn ngandika sêmu cucud / nuli angandika / inggih yung kula sêrati / tobat yake ora tau kambon lênga //

ting kêcêmut kabèh padha ngalêm patut / wong pancèn wis gawan / mung sarwa nyêdhakke ati / saunine wong sing ngrungu mung kêduga //

saya atul sakabèhe gone kumpul / lan manèh Bok Karya / pikirane uwis salin / rada mèmpêr dimorke para bandara //

barêng tutug salapan dina dirêmbug / kudu nganggo sarat / kirab ngalih gon saiki / lan tumuli iya banjur tata-tata //

ing dhèk mau Prabu Wêkêl sing dituju / mênyang jaban kutha / iya desa Karangsari / ngiras karo tilik manise wong tuwa //

--- 1249 ---

Rêmbagipun Bancak lan Dhoyok (Pênthul lan Têmbêm)

Bab Pandhu Botên Kenging Gadhah Tindhak Nyahak Wêwênang.

Dhoyok : Bancak tumuli banjurna, katranganmu ngarêp ika, laranganing Pandhutama, sing kudu dicêgah nyata. Bab ngabotohan wis rampung gonmu carita. Sanadyan kiyi nyata panggawe ala, sarèhning isih akèh sing padha krêsa, gonmu nyaruwe aja kêdawa-dawa. Ana têmbunge Walônda, yèku abnormal kang nama, mungguh têgêse kang nyata, tindak sing nyêbal biyasa. Sarèhning ing donya Kajawan têtela, anane wong main isih ngômbra-ômbra, dadi manawa kowe tansah amada, têmtu bakal disêbut abnormal blaka. Mula saiki banjurna, anane wulang utama, tumraping padpindêr Jawa, sing go marga junjung bôngsa.

[Grafik]

Bancak : Tumrap Pandhutama nyata pirang-pirang, watak ala sing wajib kudu dilarang, kaya ta sing arane nyahak wêwênang, wajib sinirik prasasat ula wêlang.

Dhoyok : Nyahak wêwênang mungguhing panêmuku, bênêr ala nanging ora pati kliru, awit jaman kiyi beda karo dhulu, dhèk biyèn sing sabar unggul kang tinêmu. Saiki wis owah iku, kowe yèn sabar satuhu, dhêmên ngalah ing panêmu, sida go klenangan dhasmu. Contone wong desa sing butuh banyu, watake nriman nyang apa sing tinêmu, watak nyahak wêwênang disirik lugu, tandurane ya kalakon ora mupu. Mêsthine kowe wis krungu, sing kêjibah bagi banyu, mênyang sawah-sawah iku, aran mantri ulu-ulu. Prentahing irigasi mungguhing iku: pabrik, tani wajib kudu olèh banyu. Mula cara-carane ambagi banyu, kudu ditata kanthi tliti satuhu. Ning sawênèh pabrik iku, nyang nyahak wênang sok kèlu, sanadyan wis olèh banyu, sok melik nyang bagianmu.

Bancak : Bok aja dhêmên ngèmbèt sing dede-dede, ana manèh pabrik aja sok digape, badan sugih tur panguwasane gêdhe, mêngko mundhak dipleroki ing P.E.B., ngrêmbuga awake dhewe, nèk kliru tan dadi gawe, murakabi sakabèhe, tur tan sinêrik liyane. Lugune wong tuwa kudu cawe-cawe, aja nganti klakon anake ing têmbe, duwe watak nyahak wêwênang kuwe, wit nyusahke liyan lan awake dhewe. Nyahak wêwênang lumrahe, lancang tindak pangucape, [pa...]

--- 1250 ---

[...ngucape,] ora mung nêrak wajibe, ya clila-clili tindake. Mula padpindêr dianani panggêdhe, sing wajib diturut apa saprentahe, kono nglanggar prentah ukumane gêdhe, kabèh mau mung go dandani watake.

Dhoyok : Katranganamu kaya wis cêtha kabèh, pantês yèn nyahak wênang kudu dèn sèlèh. Saikine prêlu kok têrangke manèh, lêlara klêbu watak ala rak anèh. Anane lêlara ènèng donya kiyi, nèk mungguhe saka panêmuku iki, ora kêna dèn karêp lan dèn ungkiri, kabèh saka krêsaning Kang Maha Suci. Kowe dhewe wis ngalami, kala arêp disanjani, lara watuk sarta mêngi, apa ya bisa nyingkiri. Kosok-baline aku ya wis nglakoni, kêpengin lara ning sing ora kêpati, prêlune cikbèn bisa olèh pêkansi, ewadene ya tan bisa dituruti. Dadine cêtha saiki, mungguhing lêlara kuwi, dudu jênêng watak yêkti, ning ganjaraning Allahi.

Bancak : Omongmu ngono iku mula ya bênêr, lêlara ora klêbu watak ya lêsêr, ning nyatane wong lara utawa sêgêr, mung gumantung kuwarasaning didhêdhêr.

Dhoyok : Hla kiyi rak omonge wong lara owah, sing ora prêcaya nyang kwasaning Allah, wong awake lara utawa sêmringah, kok gumantung nyang kwarasan sing dipothah. Apa jênêng ora salah, lara ganjaraning Allah, kok dianggêp gone ngolah, kwarasane kurang prênah. Nèk badan bisa dijaga kanthi gênah, banjur lêlarane ora gêlêm ngambah, têmtu banjur diarani ora lumrah, yèn ana dhoktêr seda lantaran gêrah.

Bancak : Omongmu kuwi kêna disêbut nasar, bênêr lêlara Gusti Allah kang angganjar, ning kenene apa ya mung muni: biar, manusa rak wajibe kudu ihtiyar. Tuladhane wus sumêbar, kaya lêlara sing nular, yèku: kolerah, pès, cacar, sadhela wis bisa bubar. Kabèh ki rak saka dayaning ihtiyar, dadi nyang iki manusa tan kêna luwar, dene yèn wis diudi ora mayar, kuwi lagi pasrah nyang Allahu Akbar.

Dhoyok : Wong lara kudu têtômba aku ngandêl, ning sing anjalari aku banjur sêbêl, ihtiyar nyang lêlara bisane bandêl, apa kiyi dudu aran umuk kênthêl.

Bancak : Ihtiyare amrih adoh ing lêlara, kuwi pancèn ora jênêng ngayawara, ning wis dadi wajibing kabèh manusa, kudu anggatèkake kanthi sanyata. Upama dak caritakna, mungguhing pambudidaya, bisa didohi lêlara, tan bisa rampung sadina. Mula cukup tak critani sawatara, sing prêlu lan sing tumindak sabên dina, yèku panjaganing pangan lan salira. Anggonmu mangan dèn poma, kudu kanthi duga-duga, sing bêbayani dohana, awit bisa ngrusak angga.

Dhoyok : Bancak, caritamu lèrènana dhisik, aku kêpengin arêp nyêlani sithik, mangan tan duga-duga kok ora apik, kuwi aku rumasa kêcêlik. Wis kêrêp bangêt tak titik, yèn bakyumu bêlèh pitik, banjur digorèng kêmripik, tan lèrèn-lèrèn gonku nyênyamik. Dhasar sêgane liwêtan kêndhil cilik, mangane ngadhêp

--- 1251 ---

meja lungguh dhingklik, bakyumu ananduki bolak-balik, ora lèrèn-lèrèn yèn durung êntèk sasênik.

Bancak : Kuwi anjablog arane dudu mangan, blêng-blêng prasasat kayadene celengan, nyang nêpsune ora pisan bisa nahan, ngono iku rak bisa ngrusak kwarasan. Saiki wis rada awan, dijugag le dha rêmbugan, besuk manèh yèn kalêgan, rêmbugan sing babar pisan.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat Kabar Sanès

Ing Hotèl Arabislan Sêmarang, mêntas kangge papan konggrès pakêmpalan Nahadatoel Oelama, kathah wêwakiling pakêmpalan ing tanah Jawi ingkang dhatêng. Dhawahing pungkasanipun konggrès, dipun wontênakên parêpatan wontên ing masjid, dipun dhatêngi ing têtiyang kirang langkung 10.000. rêmbaging konggrès kajawi nyariyosakên bab sanès-sanèsipun, ingkang wigatos ngrêmbag ing bab anocogi kaparêngipun parentah badhe ngawontênakên majêlis ngrêmbag prakawis agami Islam, tuwin bab anggèning badhe ngawontênakên kursus pangajaran kangge pangulu lan badhe ngewahi majêlis agama dipun dadosakên majêlis agama Islam.

Ing sêrat-sêrat kabar sami martosakên ing bab anggènipun Gusti Kangjêng Ratu Êmas, botên saèstu ambobot, ing sapunika sampun wontên pawartos têrang bilih botên saèstu ambobot yêktos.

Katêtêpakên dados tèdhêlêk, ondêr dhirèktur dhepartêmèn pangajaran, Tuwan D. ter Laan, rumiyin sèkrêtarising dhepartêmèn wau. Dene ingkang anggêntosi dados sèkrêtaris, Mr. W.A.H. Fuchter up amtênar tèrbêskiking dhirèktur pangajaran.

Dhepartêmèn pangajaran marak-marakakên, ing taun 1930 badhe dipun wontênakên sêkrip têlêkêlir gang kangge aktê basa Malayu, Jawi tuwin Sundha. Ingkang katampèn namung sintên ingkang anggadhahi aktê guru Walandi. Bayaranipun sawulan f 5.-. Sintên ingkang badhe nglêbêti ngaturna sêrat panuwunan dhatêng dhirèktur pangajaran.

Ing kampung Cimacan, Sindhanglaya, nuju pêkênan wontên tiyang sade pindhang ulam mas, ing ngriku wontên tiyang langkung kalih dasa ingkang sami nêdha ulam wau sami mêndêm, nuntên nuntak, badan lêmês, wontên tiyang tiga ingkang kalajêng pêjah, sanès-sanèsipun lajêng kabêkta dhatêng griya sakit mawi otobis, sagêd kêtulungan.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 3314 ing Simalawang, lêngganan nomêr 125 ing Lêksana, lêngganan nomêr 2714 ing Kalibagor, Kajawèn nomêr 73 sampun têlas, botên sagêd ngaturi, sampun dados panggalih.

Lêngganan nomêr 3466, Radèn Ayu Ranumiharja, ing Sala, sedanipun ingkang raka sangêt andadosakên kagèt sarta prihatosing manah kula sakônca, dene sakêthi botên nyana. Wasana sarêng sampun pramana ing pamupus, inggih lajêng narimah. Mugi panjênêngan dalah putra santana tansah tinêngga ing kabêgjan tuwin kayuwanan. Prakawis rêgining Kajawèn dumugi têlasing taun punika sampun lunas.

Wangsulan saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 2978 ing Siman. Bab pandangu panjênêngan, Kajawèn botên sagêd ngaturi katrangan, prayogi pitakèn dhatêng pundi lêrêsipun.

Lêngganan nomêr 2651 ing Kêbumèn. 1 Bale Pustaka botên sade, tuwin ing pundi ingkang wontên botên têrang. 2. Typ punika cêkakaning ungêl-ungêlan Typographie têgêsipun ingkang ngêcap.

Lêngganan nomêr 2665 ing Kadhiri. 1. Têtêmbungan ingkang kawrat ing buku, kados ingkang panjênêngan dangokakên, kajêngipun tiyang ingkang ngêdalakên buku kados ingkang dipun wêdalakên wau, manawi tanpa palilahipun ingkang gadhah kuwaos, ginantungan ing paukuman. 2. Manawi badhe ngintunakên karangan dhatêng Bale Pustaka, prayogi ngintunakên polanipun sawatawis kaca rumiyin, dados saupami botên katampèn, botên kêsukon. 3. Panyêratipun kupi kêdah namung sasisih, botên molak-malik. 4. Katampèn lan botênipun karangan, manut awon saenipun. 5. Ingkang angsal pituwas tumrap karangan ingkang dados buku.

--- 1252 ---

Wêwaosan

Sêrat Bayan Budiman

Karanganipun Mas Arjawiraga.

33.

[Mêgatruh]

awit gusti mênggahing sajatosipun / kawula angrumaosi / sampun dados tiyang sêpuh / lamun rinaoskên yêkti / mring nata mung pantês ngêmong //

milanipun kawula darbe panuwun / mugi anyandèkna gusti / ngunduri dêrênging kalbu / kang datan antuk pakolih / gusti amba namung borong //

nanging adrêng sri nata tan arsa mundur / nulya dhawuh maring patih / mrih sarêmbag lan pangulu / paran kang dadya panggusthi / rinêmbaga ingkang golong //

sarêmbag wus ki patih lawan pangulu / anggusthi karsaning gusti / ki pangulu nulya muwus / awêwaton mikantuki / mung wajib datan linakon //

awit ewuh mênggah panjênêngan ratu / ngalap wrandhaning wong cilik / nadyan sinêngkakna luhur / têtabêtira pan maksih / satêmah nuwuhkên asor //

lawan malih apan wus kawahyèng wuwus / lumuh kang arsa nglakoni / yèn pinêksa wèh pakewuh / nuwuhkên ucap tan bêcik / têmah mêmurung lêlakon //

wusing katur aturira ki pangulu / sri nata narimèng galih / malah sri nata ing kalbu / rasa ambiyung sayêkti / mring warôndha kang kacriyos //

satamating carita Bayan amuwus / makatên èstri sajati / dupi tinilar ing kakung / antêpira anêrusi / winêngku ing liyan lumoh //

awrat tunggu anèng kubur mung pitêkur / sanadyan kengisan melik / arsa pinundhut ing ratu / puguh lumuh anglakoni / tan owah rasaning batos //

kang kadyèku aran kasêtyan kang luhur / ing tabêt tansah nêrusi / sanadyan prapta ing pungkur / ucapira katon miji / pinuji sanggyanirèng wong //

marma tuhu nyai ingkang sagêd emut / cinathêta kongsi benjing / galih ywa kongsi kalimput / yèn kalêmpit badhe lali / pun kanthia ingkang maton //

16. Pêpatih ingkang cidra ing ratu.

[Kinanthi]

karênaning tyas kalangkung / kang Bayan dupi umèksi / mring sêmune nyi sudagar / marma anggung ulah pikir / anumpangi dêdongengan / amrih lulus lumastari //

pan mangkana ucapipun / maring Nyai Jenab ririh / nguni wontên nata dibya / Sri Kantarsah nagri Babil / nuju bêbêdhag mring wana / mung dhinèrèkkên ki patih //

praptaning wana sang prabu / uninga kang kidang èstri / lagya lêlangên lan suta / katon raras anglamlami / tan pae kadi manungsa / ngeman trêsna maring siwi //

nanging kidang dupi ngrungu / sabawaning janma prapti / ing sanalika anggiwar / datan mawi tolih siwi / mung kaburu uwasing tyas / têmah kang kari mlasasih //

dahat trênyuh galih prabu / nulya ngandika mring patih / bapa sun dahat karasa / mring ananing kidang cilik / dene tininggal ing biyang / kang maksih wayah nusoni //

têpaning panggalih ingsun / non kaanan kang kadyèki / upama linakon janma / yêkti susahe nêrusi / iku patih kang sayogya / kidang lit alapên nuli //

lan sira nulia mlaku / ngupaya kang kidang èstri / dikongsi bisa kapanggya / yèn kalakon iku patih / dahat panarimaningwang / lan ambêgira nabêti //

ki patih alon umatur / lêrês dhawuh dalêm gusti / nanging angèl linampahan / atasing sato wanadri / lêpasing palayunira / tan kenging tinut ing janmi //

lan malih sayêktosipun / dahat kuciwa pun abdi / tan kulina wanawasa / mokal sambada ing kardi / marma ulun mung sumôngga / cumadhong dhawuh ing runtik //

dupi midhangêt sang prabu / ing ature kyai patih / dahat dènnya kapitèng tyas / ing galih kraos nêrusi / katongton solahing kidang / kang kari mêmêlas asih //

nuli ngandika sang prabu / kalamun mangkono patih / ingsun arsa angupaya / maring madyaning wanadri / sira tumuli balia / rumêksaa ing nagari //

sakala patih andhingkluk / rumasa binêndon gusti / tumuli umatur nêmbah / nuwun sandika dhuh gusti / kawula arsa umentar / maring ing wana madosi //

ki patih lumampah sampun / anjajah madyèng wanadri / anut tapaking kang kidang / ananging tan antuk kardi / ing lampah kêlunta-lunta / datan uninga kang margi //

alaju saya kêblasuk / kongsi tapis kang wanadri / ki patih nulya umiyat / wukir sakalangkung asri / jroning tyas kalangkung rêna / nulya sumêngka manginggil //

pucaking wukir kadulu / patamanan dahat asri / rinêngga sarwa puspita / tarap tuwuh turut têpi / angubêngi kang talaga / mancorong atoya wêning //

ki patih suka ing kalbu / araryan siram ing warih / riwusira paripurna / nulya lênggah ngaring-aring / apan ta ki patih mulat / janma uwus kaki-kaki //

ki patih eram kalangkung / tan pisan ngira ing ati / yèn dènnya lêlana têbah / maksih ana kang ngungkuli / malah janma wus awrêdha / ing sêmu sarèh ing ati //

wusana ki patih muwus / rasa eraming tyas kengis / kyai kula atêtanya / andika saking ing pundi / dene kula botên nyana / bangkit prapta wontên ngriki //

ki tuwa umèsêm muwus / pantês yèn erama yêkti / awit anggèr wong taruna / dèrèng uninga ing gati / beda kalawan wong wrêdha / katog wruh ing lara mukti //

hèh wruhanira wong bagus / kula wus lêlampah lami / têbih tan kêni kinira / lan badhe lêlampah malih / laju lumampah mangetan / praptèng Barsakan nagari // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 80,1 Jumadilawal Taun Ehe 1860, 5 Oktobêr 1929, Taun IV

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1253] ---

Ôngka 80,1 Jumadilawal Taun Ehe 1860, 5 Oktobêr 1929, Taun IV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Sawangan ing Lèpèn Musi (Palembang)

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun kapal Wega, ingkang dipun titihi Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral nalika rawuh ing Palembang.

--- 1254 ---

Raos Jawi

Wulang Kina

Tatanipun tiyang gêsang punika botên oncat saking piwulang sae, inggih sintêna kemawon, sanadyan botên purun angèstokakên suraosing piwulang sae, nanging tamtu mirêng, dene cacahing piwulang tanpa wicalan, kenging dipun wastani ing jagad punika kêbak piwulang.

Tumrap tiyang ingkang sampun kulina amrangguli dhatêng suraosing piwulang sae, rumaos ngantos bosên, dening wosing piwulang wau botên liya namung gadhah pamurih, supados tiyang anglampahi kasaenan. Bab makatên wau sabên tiyang sampun mangrêtos, tuwin pundi wontên tiyang botên niyat badhe sae. Jalaran saking kathahipun piwulang, makatên ugi saking sabên tiyang sampun mangrêtos, malah lajêng botên purun anglampahi babarpisan, amargi saking sampun mangrêtos dhatêng kajêngipun.

Nanging mênggahing ginêm, tiyang rêraosan punika tinimbang raosan awon, luwung raosan sae.

Ing sêrat karangan Rônggawarsitan wontên wulang makatên: lakune wong urip iku:

1. kudu mêruhi rêrupan kang kadulu, 2. ngrungokake kang kêrungu, 3. anggônda kang kambu lan, 4. ngrasakake marang rêrasan.

Wulang wau sanadyan sawêg dumugi samantên, tiyang lajêng sagêd anglajêngakên piyambak: wose rak dikon bêcik ta. Inggih lêrês kajêngipun makatên, nanging nama taksih grêban, kajênging imbang-imbanganipun, ingkang nama awon lan sae dèrèng kapratelakakên, jalaran saking taksih grêban wau, sok adhakan lajêng dipun tindakakên kanthi garoboh, sakeca kemawon, upaminipun: ngrungokake kang kêrungu, tumrap raosan sae: ajêng, awit pancèn wajib nanging mirêng raosan awon, upaminipun nyantên awoning tiyang, inggih ajêng, awit adamêl sêgêring badan. Makatên sapanunggilanipun.

Lajênging piwulang: nanging kosokbaline, aja nonton kang ora katon, aja ngrungu kang ora kêrungu, aja ngambu kang ora kambu lan aja rêrasan kang ngayawara.

Ing ngriku sampun katingal mênggahing ancêr-ancêripun pamilah, kajêngipun: tiyang supados namung nindakakên ingkang nama pandamêl sae.

Lajênging têrangipun: wong mêsthi sumurup ala lan bêcik, kang ala singkirana, kang bêcik tuladên, dene karêping: 1. Aja nonton kang ora katon, iku wong ora prêlu nyumurupi wêwadining liyan kang dikêkêr, awit saupama sumurupa, mung bakal gawe rêkasa, banjur disêbut dadi wong anglêngan, têgêse kaduk ing pandulune, dhêmên [dhê...]

--- 1255 ---

[...mên] ngênginjên kang wajibe ora prêlu disumurupi. 2. Aja ngrungu kang ora kêrungu, iku wong aja ngrungokake sabawa kang mokal, yèn krungu kang kaya mangkono, malah tutupa kuping karo pisan, awit wong kang dhêmên ngrungokake ucap kang ora bêcik, aran wong anglêngan, kuping tansah malompong kanggo dêdalan rêrasananing liyan. 3. Aja ngambu kang ora kambu, têgêse gônda kang ora anggêpoki mênyang awake dhewe, ora pantês diingsêpa, mundhak aran dadi wong anglungan, awit mundhak dhêmên salah gawe, sabên ana pawarta apa-apa kudu arêp diwêruhi, môngka ora migunani apa-apa mênyang awake dhewe, pakolèhe malah gawe kapitunan. 4. Aja rêrasan kang ngayawara, têgêse aja calathu kang ora ana gawene, kaya ta gêguyon sêsêmbranan, awit gampang ngilangake wêweka, saya manèh ngrasani kang dudu bênêre, saênggon-ênggon nyah-nyoh ngrasani alaning liyan, dahwèn, sapanunggalane, awit wong kang mangkono iku, ing sadurunge malah wis ketok munculake alane dhewe, tandhane wis kêdhêdhêran wiji ala, lan banjur aran dadi wong anglingan. Anane aran mangkono, dening unine mau durung mêsthi anggêpoki awake dhewe. Dene kalakone kabèh mau mung saka anon tiron, dadine kalawan tumandang, bêcike kalawan tabêri nalatèni, lêstarine kanthi pangati-ati.

Kajênging piwulang sadaya wau sanadyan namung ringkês, manawi dipun ulur sagêd ngambrah-ambrah tanpa watêsan, nanging manawi dipun ringkês namung sakêdhik anyêkapi. Mênggah wos-wosipun amêngku kajêng bab pambabar lan pangringkêsing pôncadriya.

Tumrap para ahli raos, bab punika bokmanawi sagêd anggalih, kenging kangge tuntunan wiwitanipun sinau ngambah margi lêrês, nanging manawi mirid suraosing Sêrat Tumurunipun Wijining Manungsa malah kinosokwangsul, sampun araos inggil sangêt, inggih punika nalika Pangeran aparing prajanji dhatêng wijining manungsa, ungêlipun makatên:

[Sinom]

Kapisan ywa limut sira / kalimput pijêr umèksi / mring rêrupane kawarna / tan miyat sarira mami / kapindho aywa lali / ngrungu pangandikaningsun / karana kuwur myarsa / mring sabawalènirèki / kang ngalingi marang pangandikaningwang //

kaping tri dèn mèngêt sira / anggônda sarira mami / ywa limut pijêr anguswa / ing gônda liyanirèki / ping pat kudu ngicipi / rasaning sariraningsun / aywa pijêr mirasa / maring saniskarèng bukti / … //

Mênggah wosing panggagas, wulang ing nginggil nyariyosakên wulang tumrap tiyang ingkang sampun kalimput, dene ing ngandhap pêpèngêt sadèrèngipun kalimput.

Nyumanggakakên. Jugul.

--- 1256 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja, Ind. Arts ing Kudus

Sambêtipun Kajawèn nomêr 78

Gudèl wau dipun suntik ngangge ilunipun:

1. Gudèl sanèsipun ingkang sakit cacar

2. Lare ingkang sawêg sakit sarana kacacar, utawi:

3. tiyang ingkang sawêg sakit cacar. Dene ingkang katindakakên adatipun ingkang nomêr 2.

Gudèl wau mêsthinipun lajêng sakit, ilunipun kapêndhêt, nanging punika taksih mutawatosi tumrap manungsa, dèrèng kenging dipun angge, taksih kêras. Ilu wau lajêng kalêbatakên (kasuntikakên) malih dhatêng gudèl sanèsipun, makatên salajêngipun ngantos tundha kaping tiga utawi sakawan. Ilunipun gudèl ingkang kantun piyambak punika ingkang sampun kenging dipun angge, nanging taksih dipun campur malih kalihan toya, sarta glycerine (bôngsa lisah).

Glycerine punika gadhah daya nulak bêbosok lan ngicalakên dayaning kewan lêmbat-lêmbat (kruma). Dados ilu wau manawi kangge nacar botên sagêd katutan wiji sêsakit sanèsipun.

Ingkang sampun kaolah wau lajêng kalêbêtakên ing gêndul alit-alit, kenging karimat, nanging manawi langkung sawulan sampun botên kenging dipun angge.

Kadospundi lampahipun anglêbêtakên wiji cacar wau dhatêng badaning manusa. Para priyantun ugi sampun priksa, inggih punika sarana pèn (vaccinostijle).

Kala jaman rumiyin ingkang dipun angge wiji cacar punika, ilunipun tiyang sakit cacar, sarana katular-tularakên dhatêng tiyang sanès. Ingkang makatên punika nguwatosi, amargi kajawi wisa wau taksih mandi sangêt, ugi sagêd katutan wiji sêsakit sanèsipun ingkang dumunung wontên ing tiyang ingkang sakit cacar, utawi ingkang kacacar.

Sadèrèngipun nyuntik, pirantosing suntik pèn (vaccinostijle) kêdah rêsik, dipun godhog rumiyin, awit manawi pènipun wau rêgêd wontên wijinipun sêsakit, punika sagêd adamêl sêsakit sanèsipun dhatêng ingkang dipun suntik.

Sêsakit Pès.

Panjagi lan panulakipun.

Saking papriksan lan pangudinipun para dhoktêr ingkang linangkung, samangke sampun kapanggih, manawi sêsakit pès punika aslinipun saking sêsakit tikus, sababipun ing badanipun tikus kalêbêtan basil pès.

Awit saking kawontênan warni-warni, sêsakit wau sagêd nular dhatêng manungsa.

Basil pès punika ingkang manggihakên Dr. Yersin, sangêt lêmbatipun, manggèn wontên ing êrah, idu, sêsukêr lan uyuhipun tikus utawi tiyang ingkang katrajang sêsakit wau. Manawi êrah utawi idu ingkang wontên wijinipun sêsakit pès dipun priksa mawi microscoop, basilipun katingal [katinga...]

--- 1257 ---

[...l] muyêg kathah sangêt.

Mila sêsakit punika sangêt kêrasipun, ingkang katrajang mèh sadaya dados tiwasipun.

Sagêdipun tikus nularakên sêsakit wau dhatêng tikus sanès, jalaran saking pinjal-pinjal ingkang sampun nêdha utawi nyêrot êrahipun tikus ingkang sakit pès lajêng pindhah dhatêng sanès tikus nyakot utawi nyêrot êrahipun dados katularan, salajêngipun tikus ingkang pêjah kenging sakit pès punika kulitipun asrêp, mila pinjal-pinjal botên kraos manggèn ing ngriku lajêng kesah mlêtik-mlêtik ing pundi-pundi, manawi kalêrêsan wontên tikus sanès lajêng dipun encoki lan nêdha nyêrot êrahipun dados nularakên sêsakit wau, manawi botên wontên tikus sanès, pinjal-pinjal botên sagêd nêdha, dados luwe. Jalaran saking luwe pinjal-pinjal wau nêmplok utawi nimbal dhatêng sanès kewan utawi tiyang ingkang wontên sacêlakipun. Pinjal-pinjal wau sami nyakot utawi nêdha êrahipun ingkang dipun temploki wau, wusana kewan utawi tiyang dados katularan sêsakit pès wau.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun papan ingkang wontên susuhipun tikus.

Tandhanipun manawi pinjal wau sagêd nularakên, dipun cobi makatên:

1. Tikus ingkang sampun dipun suntik pès. Dados kenging sakit pès, pinjal-pinjalipun botên dipun icali. Tikus pès wau dipun kêmpalakên kalihan tikus sanèsipun, sêsampunipun tikus pès pêjah, botên antawis dangu tikus sanèsipun sami sakit pès ngantos sami pêjah.

2. Tikus ingkang sampun sakit pès pinjal-pinjalipun dipun icali lajêng dipun kêmpalakên tikus sanès ingkang saras. Tikus pès pêjah, nanging tikus saras botên sakit botên pêjah, wilujêng.

3. Wadhah kurungan ingkang rapêt dipun bagi kalih panggenan (kothakan) mawi dipun singgêt gas alus, ing kothakan satunggal dipun lêbêti tikus sanès, ing kothakan sisihipun dipun lêbêti tikus pès ingkang kathah pinjalipun, botên dangu tikus pès pêjah, nanging tikus ingkang saras botên sagêd katularan sakit pès, jalaran pinjalipun botên sagêd nimbal, kaalangan dening gas alus wau. Badhe kasambêtan.

--- 1258 ---

Kawruh Sawatawis

Bab Wirasating Manungsa Mêndhêt saking Kawruh Tionghwa

Sambêtipun Kajawèn nomêr 79.

Kuping punika manawi rêsik sarta warninipun sêgêr, wahananipun sagêd ayêman manah, dene manawi kuping kulitanipun biru cêmêng sarta warninipun garing aking, punika wahanipun awon, kuping ingkang kados makatên wau, salaminipun gêsang tansah mlojang-mlajêng (botên sagêd têtêp manggènipun), tur rêkaos anggènipun pados pangupajiwa. Gligir-gligiranipun kuping manawi warninipun biru sêmu cêmêng, punika awon, ingkang makatên wau botên sagêd dangu gêsangipun. Kuping ingkang warninipun pêthak kados sela marmêr punika sae. Godhohipun kuping manawi kandêl, utawi bundêr kados mutyara amêntêlung, sarta warninipun abrit sêgêr, punika sae sangêt, sugih bôndha, sugih dahulat, manawi anjôngka pados padamêlan satus warni inggih sagêd kalêksanan utawi sagêd kadadosan sadaya. Tiyang ingkang gadhah kuping kados ingkang kasêbut nginggil punika, wiwit ngumur sataun dumugi ngumur gangsal wêlas taun sagêd ngayomi dhatêng bapa biyungipun. Manawi kuping alit wangun lancip andalêjêr kados wuluning jêmparing, punika winastan: kuping kêthèk, tiyang ingkang gadhah kuping makatên punika awon, ingkang têmtu manawi sugih, enggal mlarat. Bolonganing kuping manawi alit utawi ciut, punika awon, tiyang ingkang gadhah kuping makatên wau bodho, sarta botên gadhah kasagêdan punapa-punapa, tur cupêt ngumuripun. Bêbasaning kitab mungêl makatên: bolonganing kuping mung sêdhêng sagêdhening êdom, iku ing salawas-lawase tansah nandhang ing kêmlaratan. Kuping ingkang sangêt tipis, punika botên sae. Sarta wiwit ngumur 1 taun dumugi 15 taun, damêl sêbêling tiyang sêpuhipun. Ing kitab ugi mratelakakên, bilih tiyang ingkang kupingipun dhamis kados dalancang, amêsthi mlarat wah cupêt ngumuripun. Kuping ingkang kandêl agêng nglèmbrèh dumugi pundhak, punika sae sangêt, tiyang ingkang kadunungan kuping kados makatên wau, saèstu sagêd minulya sarta panjang umuripun, sagêd langkah saking umur 80 taun. Kuping manawi agêng wiyar panjangipun wontên 4 dim, inggil andalêjêr, nglèmbrèh dumugi pundhak, punika candraning kuping ingkang sae, tiyang ingkang kadunungan kuping kados makatên wau tamtu sagêd sugih singgih tur sagêd luhur darajatipun, wah panjang umuripun, kados Sang Prabu Laopa, ing jaman Samkok, ingkang seda nalika taun Mêsèi 223, kocaping cariyos sang prabu wau karnanipun ngalèmbrèh dumugi pundhak, netranipun manawi nglirik sagêd pirsa karnanipun.

Sang Prabu Songdaeca (Tyo Gong In) raja ingkang kapisan ing karajan Songtya, ingkang wiwitipun jumênêng kala taun Mêsèi 970, kacariyos tutukipun sang prabu wau awangun pasagi,

--- 1259 ---

karnanipun agêng, ing kitab Syatwat, winastan: Tyangkang tae hae, têgêsipun: kali dawa, sagara gêdhe, tyang = panjang, kang = lèpèn, tae =agêng, hae =sagantên, mila pambêganipun sang prabu inggih paramarta, wah luhur darajatipun, sarta panjang yuswanipun. Ing nglêbêt kuping manawi tuwuh wulunipun punika sae, wahananipun sagêd panjang umuripun.

Alis

Alis punika sae ingkang panjang wiyar rêsik, wangunipun kados wulan tanggal nèm. Bongkot tuwin pucukipun ingkang kandêl. Mênggah alis sae ingkang panjang, awit alis kaku kaupamèkakên ratu, mripat kaupamèkakên pêpatihipun, pramila jaliriting alis sae ingkang ngungkuli panjanging mripat. Manawi tiyang alisipun cupêt, punika adat sok botên patos gadhah sadhèrèk. Sanadyan gadhaha sadhèrèk satunggal kalih utawi tiga ananging wusananipun sok botên sagêd langgêng. (Badhe kasambêtan)

R. Singgih

Jagading Wanita

Kamajênganing Wanita

Ing karangan punika ngêwrat gambaripun Sustêr Warsiyam, ingkang kala ing taun 1928 lulus pandadaran A Ziekenvepleging ing Wilhelminagasthuis Amsterdam, saha lajêng nyambut damêl wontên ing griya sakit gêmintê ing nagari Walandi, ingkang sapunika nglajêngakên sinau Vroedvrouw.

Sustêr Warsiyam punika asli saking Surakarta, putranipun Radèn Ngabèi Wiryapuspita, abdi dalêm ing Kasunanan Surakarta. Dene wontênipun dumugi ing nagari Walandi ing ngriki botên kacariyosakên, nanging para maos sagêd anggalih, bilih kawontênanipun Sustêr Warsiyam punika satunggaling kamajêngan.

Ing bab punika tamtu sadaya damêl wunguning panggalihipun para mudha wanita, awit padamêlan wau ugi nama satunggiling padamêlan wanita ingkang sagêd anocogi kalihan kawontênanipun, têgêsipun sagêd dipun tindakakên ing wanita kanthi srêging manah.

[Grafik]

Sustêr Warsiyam

Ing kitha ingkang agêng-agêng ing tanah Jawi, inggih sampun wontên wulangan ing bab padamêlan ngupakara tiyang sakit, utawi dados dhukun bêranak, kados sintêna kemawon inggih sampun uninga, nanging tumraping bôngsa Jawi ingkang angsal pasinaon wontên nagari Walandi kados Sustêr Warsiyam punika dèrèng wontên, mila pantês dados têtuladan. Saya manawi benjing lulus sagêd dados Vroedvrouw, ajinipun tamtu beda kalihan ingkang

--- 1260 ---

wêdalan ing ngriki.

Kamajêngan wanita ing bab babagan punika, sayêktosipun migunani agêng sangêt tumrapipun ingakathah. Kados para maos taksih kèngêtan (bokmanawi sapunika inggih taksih wontên) ing bab tumindaking pitulungan ingatasipun tiyang sakit utawi tiyang manak ing kampung-kampung tuwin ing padhusunan, ingkang dipun tindakakên dening tiyang ingkang botên angsal wulangan saking tiyang ahli, punika sanadyan botên tamtu adamêl kasangsaran, ananging manawi dipun manah kanthi lêlambaran sêsêrêpan sawatawis, lajêng sagêd damêl botên srêgipun manah, têrang bilih tumindaking têtulung namung saking blilu tau, lan kasêmbadaning tindak balilu tau punika mantukipun namung tumrap têtulung ingkang tanpa sabab, balik wontên sababipun punapa-punapa, ing ngriku sawêg sumêrêp, bilih dayaning wulangan punika wontên.

Saya malih ing bab têtulung tiyang sakit, punika têrang sangêt bilih tindakipun tiyang ingkang angsal pangajaran, beda sangêt kalihan ingkang botên, awit kajawi sagêd nindakakên tumindaking jampi ingkang sagêd damêl kasarasan, ugi nindakakên rekadaya rêrigen murih sakecaning badanipun ingkang sakit, kanthi patrap alus tuwin budi sarèh lan sapanunggilanipun.

Ingkang punika Kajawèn andhèrèk mêmuji, mugi Sustêr Warsiyam kasêmbadana ing sêdya, lan sagêd nêtêpi tumindak ing wajibipun.

[Grafik]

Arak-arakan para wanita Moskou, mèngêti wiwitan pêrang dônya. Ucapipun para wanita wau: kula botên nêdya pêpêrangan, nanging manawi nagari wutah rah kula dipun têmpuh ing tiyang, inggih kula lawan.

--- 1261 ---

Jagading Sato Kewan

Pêksi Anèh

Karangan aciri pêksi anèh ing Kajawèn nomêr 68 katandhan sadhèrèk, Wir ing Sêmarang, punika sadaya ingkang kaandharakên cocog kalihan kawontênanipun ing padunungan kula (tanah Malang). Nanging prayoginipun samangke kula kêparênga tumut nguruni ing bab pêksi anèh malih sawatawis, inggih punika pêksi rangkok.

Pêksi rangkok punika padununganipun ing wana agêng, tumrap ing jajahan Malang ingkang kathah ing pasisir kidul, agêngipun ngungkuli pêksi sandhanglawe, ulêsipun cêmêng mawi pêthak ing swiwi, dados kenging ugi kasêbut: tulak. Pasabanipun ing rawa-rawa, momoranipun inggih pêksi sandhanglawe wau, jêr ulêsipun mèh sami. Namung kaot agêng, sarta ing sirah wontên culanipun, wujud balung sambunganipun cucuk, warninipun abrit jêne, yèn dipun tingali sagêbyaran mèh kados cènggèr, nanging nylêkanthung minggah.

Anèhipun pêksi satunggal punika wau manawi pinuju nigan, limrahipun ing gowok, ingkang ngêngrêmi inggih rangkok èstri, nanging kauningana, sêsampunipun ingkang èstri angrêm, ingkang jalêr lajêng ngupados tangsul awarni bôngsa oyod-oyodan, prêlu kangge nyumpêti korining gowok, dipun krawat-krawat kêkah, supados bojonipun botên sagêd mêdal, namung inggih dipun dèkèki bolongan sacêkaping cucukipun kemawon, awit manawi ingkang èstri pinuju angrêm, ingkang jalêr ngupadosakên têdha, dados gêsangipun ing salêbêting angrêm namung sarana kaloloh dening ing jalêr.

[Grafik]

Pêksi Rangkok

Kawontênan ingkang makatên wau, sawênèhipun [sawênèhi...]

--- 1262 ---

[...pun] tiyang padhusunan wontên ingkang mastani bilih pêksi rangkok punika gadhah manah cupar, katitik saking patrapipun wau. Yèn tiganipun sampun nêtês, tangsul wau sawêg kabikak, wontên ingkang ngintên kuwatos yèn ingkang èstri dipun pèk bojo ing rangkok sanès.

Nanging mênggahing pamanggih kula, pratikêlipun rangkok jalêr wau sae, awit supados ingkang èstri jênjêma anggèning ngêngkrêmi tiganipun, dados nuntên nêtês, amargi wulunipun awis-awis. Tôndha yêktinipun yèn mibêr nyuwara: bos, bos. Lêrês lêpatipun nyumanggakakên.

Nirasa, Tumpang, Malang.

Waosan Lare

Nagara Mirasa

XXVII. Cuthêling carita

[Dhandhanggula]

ing nagara uwis nata miji / para abdi sing bakal angarak / mung anjupuk sacukupe / barêng wis tata nglumpuk / nuli budhal nyang Karangsari / ing ngarêp wis utusan / abdi paring wêruh / nyang ênggone Karyatapa / yèn ing mêngko arêp ana sing ngrawuhi / ratu saka nagara //

Karyatapa atêtakon nuli / dene ratu dhatêng padhusunan / punapa mênggah prêlune / wah kula kang pun jujug / tamtunipun ngisin-isini / malah kapara nistha / ratu karsa rawuh / dhatêng ing panggenan kula / nanging kula yêktosipun sampun ngrêti / tamtu Kêsèd punika //

ratu ingkang sampun nate mriki / bokmanawi inggih anak kula / yêktos kula botên ngame / utusan ketok gumun / yèn nyataa nganèh-anèhi / Karya nuli akôndha / sampun ta ing ngriku / lajêng atata-tataa / kula botên ngrêtos cara ing nagari / lan kula tiyang mlarat //

abdi iya tata-tata nuli / amasangi tarub wêwangunan / ya mung saana-anane / nganggo palêngkung janur / nganti kêbak ing ngêndi-êndi / Karya nganti anyapa / bok sampun priyantun / botên prêlu kathah-kathah / ing padesan mindhak katêragan krambil / prêlunipun punapa //

Karyatapa dandan ambathithit / bêbêd latar putih sêmèn rama / sawit ambranang sogane / rada kêladuk kudhu / caking ikêt plêg andesani / blabagan ora tata / mencang-mèncèng mlêndhung / tur klèru êcake ngiwa / jebehane ngêcocong mung munggah siji / siji sèngklèh nèng pundhak //

mondholane aterong kêpuntir / mung disampe karo tangan kiwa / dadi ketoke maletre / bêbêdane amunjuk / ketok jigrang malah mantêsi / sabuke ijo tigas / nanging banting tikus / èpèke bludru sulaman / klambi irêng mung ing gulu sing kumancing / dhasar bêskap caluthak //

--- 1263 ---

nganggo kêris rôngka ladrang kusi / saka suwe ana ing simpênan / ukirane sajak ngece / disêrêt nganggo rambut / pating sruwut amêmêdèni / kêluwusing ukiran / nganti kaya tledhung / ora lali nganggo nginang / lambe ngisor dikoki ênjêt sathithik / kanggo tulak sêngkala //

nadyan kau ananging ya brai / wise rampung nuli nyang pakiwan / anginguk banyu rekane / nuli cêk nyandhak kuncung / disipatke irung adhamis / nganggo miring sadhela / sirahe dipuk-puk / tumuli mêtu nyang jaba / mung kapenak sajak ora duwe wêdi / yèn kadhayohan raja //

ora suwe wong-wong pating jlêrit / padha alok yèn dhayohe têka / para abdi gugup kabèh / tumuli padha mêthuk / Karyatapa diacarani / môngga ta mêthuk mrika / gusti sampun rawuh / Karya mangsuli kapenak / inggih gampil amêthukakên ing gusti / yèn dede anak kula //

nuli ketok dhayohe gumridig / Karyatapa cêtha gone nyawang / karo alok alon ngene / lha tênan rak anakku / aku uwis krasa ing ati / sijine kae sapa / lho kok Wêkêl iku / apa iya dadi raja / dene padha bagus aku nganti pangling / kae biyangne apa //

Êmbok Karya nuli malayoni / karo kôndha sêmune abungah / uwis bêgjamu pakane / dene anak-anakmu / padha dadi ratu asugih / wis padha rabi brêgas / iya putra ratu / wis ta gêlis pêthukêna / Karyatapa barêng anjangkah marani / anake padha mara //

ratu loro tumuli dikanthi / rêrentengan karo ingkang garwa / wong ing kono cingak kabèh / ora ngrêti ing rêmbug / êmung padha mandhêg ngêntèni / dhêrêg ana ing jaba / mantèn padha mlêbu / sauwise tata lênggah / ge-binage Karyatapa clathu nuli / anglairake bungah //

aku bangêt sukur ing saiki / dene kowe wis padha katêkan / apa sing kokarêpake / wis suwe aku krungu / kabèh padha nêmoni bêcik / sukur dene ta padha / gêlêm têka nginguk / bungahku ora karuwan / iku kêna gawe peling têmbe buri / tumraping kautaman //

karo manèh kêna kanggo peling / yèn mungguhing lakune wong lumrah / lakumu ing sakabèhe / padha bênêr lan luput / mung sing luput ya dadi bêcik / kaya kowe sing tuwa / upama kêbacut / kêsèdmu isih kogawa / bokmanawa sanadyan têkan saiki / durung nêmu kapenak //

iya bênêr dadi ratu mukti / nanging mokal yèn ta lêstaria / awit ing ngêndi ênggone / kapenak bisa tulus / yèn oraa nganggo nglakoni / ing dhisike rêkasa / kaya-kaya mathuk / upama dipadhakêna / karo mukti kang bandhane saka asli / tinggalane wong tuwa //

ing muktine mung kenakên lali / awit saka sabarang wis cêpak / ora wêruh rêkasane / mung ajêg gone ngêruk / suwe-suwe wis mêsthi gripis / dadi wong kêsèd nyata / sanadyan sêmpulur / utawa ditunggu bêgja / nanging gênah têmbene ora lêstari / uwis mêsthi koncatan //

pinujune nuli bisa eling / ngrumasani wêruh bêcik ala / lan nindakke ing bênêre / ajaa mêsthi wurung / diêdohi rasaning mukti / lan mêsthi babar pisan / ora bakal dhaup / dimantu karo sang nata / malah bakal sangsara iku wis masthi / wis ora bisa oncat //

ing mulane bêcik dielingi / bab anane nagara Mirasa [Mira...]

--- 1264 ---

[...sa] '/ mung kanggo upama bae / yèn uwong kêsèd iku / ora ana lêstari mukti / sanadyan nglakonana / sadhela wis rampung / beda lan wêkêl têmênan / satibane gampang olèhe rijêki / nyambuta gawe kuwat //

dadi mungguh tindak nomêr siji / lah elinga uwong anom padha / bêcik sing doyan ing gawe / masthi ora kêduwung / bok goleka ing ngêndi-êndi / kêsèd dadi cacadan / uwong wêkêl thukul / mungguh cêkaking carita / lêlakon kang kocap ing carita iki / mung dongèng wulang blaka //

wise tutug ana Karangsari / nuli padha bali nyang nagara / lan amukti dhewe-dhewe / ing têmbe buri lulus / Prabu Wêkêl anguwasani / Prabu Kêsèd kêbawah / wis jumênêng ratu / ora ana kara-kara / uwis cuthêl tênan critane saiki / bab nagara Mirasa //

Rêmbagipun Sêmar, Garèng, lan Petruk

Bab Sowanipun Petruk ing Mangkunagaran

Sêmar : Wis Truk, saiki critakna anggonmu sowan nyang Mangkunagaran. Sanyatane mono aku gumun bangêt, ingatase kowe kok bisa sowan ing ngarsa dalêm kangjêng gusti. Ing môngka sakolahmu dhèk biyèn mung narima sakolah andhapan, têgêse andina-dina gawemu mung andhukiri tanduran tela duwèke tanggane. Dadi nyang kapintêran mêsthine iya mêntah, nyang pangajaran iya: mogol, apa manèh nyang tatakrama, têmtune iya ambêngkauk bangêt. Mara, ingatase sowan bôngsa luhur, têka jèmbit mênyang têlung prakara mau, mêngko rak bisa kêsiku têmênan.

Garèng : Ma, sabênêre mono aku dhewe iya mèh sêmaput, barêng aku krungu yèn Petruk sowan nyang Mangkunagaran, ora wurung sing diala-ala iya panjênêngane rama lan aku: iya mèmpêr yèn ora wêruh tatakrama lan ora ngêrti basa, lha wong anake Sêmar sêdulure Garèng. Hara, apa ora kojur, turne anggonku mulangi basa nyang Petruk kuwi nganti cangkêmku theyolên ganêp sêlapan dina, ewadene iya mêksa isih klira-kliru bae. Masa, lagi anu kae didangu bêndara kangjêng, nèk arêp mangsuli ora wêruh, kuwi kudune rak:: ngapuntên dalêm apa kêpriye, wangsulane jêbul: gaêmpeyan. Apa ya gênah, kuwi, mulane nèk kiraku kanjêng gusti iya ora bakal rêna panggalih dalêm disowani wong kaya Si Petruk kuwi.

Petruk : Kuwi rak panêmune wong sing pèndhèk bêbudène kaya kowe, nèk panggalihing para luhur rak seje, sabab bôngsa luhur kuwi waskitha, têmtune iya ora bakal enggal-enggal duka yèn ora ganêp pangaji-ajine, lan iya ora bakal rêna panggalihe yèn diaji-aji kang luwih saka mêsthine. Mungguh ênggonku ngaji-aji ora ganêp, kuwi aku dhewe iya ngrumasani, nanging aku bisa mêsthèkake, [mê...]

--- 1265 ---

[...sthèkake,] yèn panjênêngan dalêm kanjêng gusti mêsthi paring ngapura marang patrapku mau. Awit mungguhing pangrasaku ngadhêp marang para luhur kuwi, ora beda karo ngadhêp marang ingkang Mahakuwasa, têgêse: ana golonganing makluk sing pangadhêpe kanthi sampurna, tanpa mengo ngiwa nêngên, kajaba mung tumungkul marang sing sinêmbah bae, yaiku golonganing makluk sing dhuwur dhewe drajate, nèk cara santrine diarani: bôngsa muntai utawa khawasul khawas. Lha golongan iki sing dianggêp pintêr têmênan tatakramane, yèn panêmbahè nganti kliru, têmtune iya olèh dêduka. Ana manèh golongan têngahan, nèk cara santrine jarene diarani: mutawasid utawa bôngsa khas, lha, kiyi nyang tatakrama iya ngrêti, nanging ora pati sampurna, dadi nèk panêmbahe ora pati ganêp, têmtune iya dingapura. Dene golongan sing asor dhewe, jarene nèk cara santrine jeneng: mubtadi utawa bôngsa: ngam, kuwi sanadyan panêmbahe marang Pangeran kau, grathul-grathul utawa tanpa tatakrama, têmtune iya ditompa bae, awit jalarane ora liya, sabab saka ora ngrêtine. Nèk aku kiyi kiraku, upamaa santri ngono, kêna dipadhakake bangsane: ngam, dadi nèk nyêmbahku sok kalalèn, drijine isih nyêpit rokok, klismah, utawa laku dhodhokku rada ngèmpêri asu ambrangkang, têmtune kangjêng gusti iya gêdhe pangapurane.

[Grafik]

Kajaba iku miturut pangandikamu, rama, sajake kaya mêsthèkake, yèn mung wong sing wêton sêkolahan kang gêdhe bae, kang sugih kapintêran apadene wêruh marang tatakrama. Sing daksêbut dhisik kuwi iya mula nyata, ning mungguh kapintêran sêkolahan, nèk bab tatakrama, kuwi nèk rumasaku sêkolahan mung ambantu bae, ora wajib mulang. Dene sing mulang marang tatakrama, kuwi sanyatane wong tuwa lan sêsrawungane sabên dina. Mulane sok ana bae para nonoman [nonoma...]

--- 1266 ---

[...n] sing wêton sêkolahan dhuwur, ewadene tatakramane, wis, wis, saking bêcike nganti kaya jathilan.

Sêmar : Lho, kok banjur lèsêng sadawan-dawan mêngkono, wis, wis, tumuli critakna bae laku lan sowanmu nyang Mangkunagaran.

Petruk : Lakuku saka Magêlang nyang Sala ora prêlu tak caritakake, awit kowe dhewe têmtune wis tau nglakoni. Tumêkaku ing Sala sing dak jujug ing Hotèl Pasar Pon.

Garèng : Lha, kuwi ma, nèk putramu Si Petruk. Sing diprêlokake dhisik iya kasênêngane. Pondhokane bae milih nyang hotèl, thik Hotèl Pasar Pon, prêlune nèk sore bisa pitêkur nyang Sriwêdari, tur panggonan wayang wong. Lan ora pisan-pisan anduwèni prihatin. Lumrahe wong arêp ngadhêp bôngsa luhur kuwi, rak kudu disranani, apa ya maca: istiphar apa maca atining surat Yasin, ora-orane iya maca sing muni: sukmun bukmun, omyun phahum layar jiun, ngono kae, prêlune: atine bèn bisa wêning, utawa tindak-tanduke cikbèn bisa dirêsêpi marang sing diadhêpi mau. Nèk Petruk kok malah walikane, ora maca raphalan, têka malah anggêdhêpês lungguh mêngkêlung ana ing wayang wongan nganti sabubare, wusana barêng esuk, pikirane buthêk, matane andaluyup.

Petruk : Hêm, ya kuwi nèk Kang Garèng, ana-ana bae sing digunêm, nanging ora pisan-pisan angèlingi, yèn pagaweyaning jurnalis, sanadyan jurnalis cecrekan kaya aku kiyi, kudu ngumpul-umpulake cacitran lan pakabaran, awit saya akèh sing disumurupi utawa sing dialami, iya saya bisane ngisèni kalawarti utawa layang kabare sing dipangku, kajaba iku wong urip ana ing donya iku, wis mêsthine kudu sing prihatin, nanging kosok-baline iya kudu anduwèni sênêng-sênêng, cêkake loro-lorone kudu gêgandhengan, nèk ora mêngkono, apa prêlune para sêpuh sok paring piwulang mêngkene: ênggèr, bocah ênom iku kudu sing gêdhe prihatine, mungguh dikon gêdhe prihatine mau, karêpe ora liya iya mung supaya ing têmbe burine bisaa olèh kasênêngan kang gêdhe, dadi sing diudi iya mung mênyang kasênêngan lan kanikmatan. Aja manèh tumrape wong urip ora angudi mêngkono, lagi wong mati bae iya kudu ngudi mênyang kasênêngan kanikmatan, tandhane ana sing diwulangake mêngkene: he, para makluk kabèh, anggonmu ngibadah marang Pangeranmu sing têmên-têmên, supaya ing bêsuk yèn bali mênyang kamuksan, bisaa pinêthukake ing widadari sakêthi kurang siji. Mara, apa kiyi dudu jênêng jasênêngan utawa kanikmatan.

Sêmar : Wiyah, wong dikon nyaritakake anggone sowan nyang Mangkunagaran, kok banjur bab dakik-dakik ngono sing diomongake. Wis, wis, liya dina manèh bae padha dibanjurake.

--- 1267 ---

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat Kabar Sanès

Salêbêtipun kawan minggu wiwit tanggal 13 Juli dumugi tanggal 10 Agustus, ing Indhonesiah wontên tiyang ingkang katrajang sakit pès, 322 sami tiwas, kawan minggu ing sadèrèngipun wontên 178.

Wontên tèlêgram saking Siyêm, martosakên, bilih pangeran Mahidol, seda. Sang pangeran wau rayi nata ingkang jumênêng sapunika, sawêg yuswa 35, calon sumilih kaprabon. Sang pangeran anggènipun gêrah pancèn sampun dangu, sakêdhap gêrah sakêdhap sênggang. Bab punika rancang-rancanganing lampah Nata Siyêm ingkang nuju wontên ing Indhonesiah botên ewah.

Ing Cimahi wontên tiyang kalih katrajang sakit pès, satunggal lare alit, satunggalipun tiyang sêpuh, kalêrês bapa piyambak. Ingkang sêpuh tuwas.

Kawartosakên, ing sapunika parentah sampun angadani ngêdêgagên pamulangan ôngka kalih cacah 75, manggèn sumêbar ing tanah Jawi. Kajawi punika ugi damêl H.I.S. ing Mistêr Kornèlês, Dhepok, Sukabumi, Grêsik, Malang, Fort van der Capellen, Lahat, Muntok tuwin Sibolgah. Lan ugi badhe miyarakên pamulangan Mulo ing Salatiga, Magêlang tuwin Prabalingga, Prinses Juliana School ing Ngayogya pamulangan guru tiyang siti ing Pordhêkok.

Pakêmpalan cabang P.N.I. ing Cirêbon, amradinakên pawartos, bilih kala tanggal 22 wulan kapêngkêr badhe parêpatan umum wontên ing gêdhong Mignon-bioscoop. Dhawahing dintên parêpatan, sangajêngipun gêdhong wau sampun kêbak tiyang, nanging lawangipun taksih minêb. Sarêng wontên tiyang ingkang nêdha katrangan dhatêng tiyang ingkang nguwaosi griya wau, dipun wangsuli manawi botên saèstu nyambutakên gêdhong wau. Salah satunggiling pangajêng P.N.I. nyobi rêrêmbagan kalihan tiyang kathah, nanging dipun awisi ing pulisi, wusana bibaran.

Kawartosakên, Tuwan Muhamad Hatah, mawungipunsawungipun. pakêmpalan Indhonesiah, ingkang sapunika wontên nagari Walandi badhe wangsul, sapunika sampun tamat sinaunipun, nanging taksih ngêntosi anggènipun damêl prupsêkrip kintên-kintên gangsal wulan malih. Pakêmpalan-pakêmpalan pulitik ing ngriki, ingkang ambiyantu mragadi, badhe nyawung-nyawung tuwan wau.

Kawartosakên, ingkang Sinuwun Sultan ing Ngayogya ngintunakên tironipun bangsal kancana, kangge prêlunipun, Koloniaal Instituut ing Amsêtêrdham.

Wontên pawartos saking pulo Panjang, rêdi Krakatau katingal ebah malih. Sakawit siti karaos ebah, lajêng ngêdalakên kukus, inggilipun ngantos 150 m, lan ing nglêbêt inggih kamirangan gumlêdhêg.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 1962 ing Tembok Gedhe (Surabaya). Wiwit 1/10-'29 panjênêngan pikantuk gratis Kajawèn. Dene manawi ngangkah sagêd nampi Kadj. lan P.P. gratis, kêdah nglêbêtakên 14 lêngganan ingkang kabayar sadaya. 14 x f 1.50 = f 21.- utawi lêngganan 9 kabayar sêdaya lajêng kawêwahan f 1.- 9x f 1.50 + f 1.- = f 14.50.

Lêngganan nomêr 1603 ing s.f. Ponèn. Rêgining Kajawèn kuwartal 4 punika sampun panjênêngan bayar lunas, dados benjing 1 Januari 1930 sawêg kula wêdalakên saking lêngganan.

Lêngganan nomêr 2023 ing Kwala Kapuas. Kajawèn nomêr 73 sampun têlas. Sampun dados panggalih, botên sagêd ngaturi.

Lêngganan nomêr 4288 ing Tuban. Botên sagêd.

Lêngganan nomêr 2904 ing Suwatu. Kajawèn nomêr 55 sarta 58 t/m 65 tumrap lêngganan nomêr 3633 sampun kakintun nalika tanggal, 14/8-'29. Arta f 3.- inggih sampun kabage kalih.

Wangsulan saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 930 ing Bandhung. Kintunan panjênêngan gambar botên kapacak, amargi sampun kasèp.

Lêngganan nomêr 2597 ing Têluk Bayur. Kintunan panjênêngan gambar botên kapacak, amargi kirang cêtha.

Tuwan S.M. Diwarna, Ngayogya. Gambar cacah 8 iji kakintunakên wangsul, botên wontên ingkang prêlu kapêndhêt.

Almanak Dhindhing

Redhaksi Kajawèn nampèni almanak dhindhing Ansoroel Moesjawaroh saking sèkrêtarising pakêmpalan wau, wêdalipun almanak wau miturut karampunganing musawaratanipun para ngulama kala malêm Ngahad tanggal 1 Sura taun 1348. Almanak wau migunani agêng tumrap para kaum muslimin, awit mawi mratelakakên manjinging wêktu ing wulan Siyam 1348.

Rêdhaksi Kajawèn ngaturakan panuwun.

--- 1268 ---

Wêwaosan

Sêrat Bayan Budiman

Karanganipun Mas Arjawiraga.

34

[Kinanthi]

ki patih lênggah tumungkul / rumasa kasoran mangkin / lan lêpat ing ciptanira / dènnya rumasa munjuli / lêpase ing lampahira / datan pisan angiribi //

ing wusana alon matur / yèn parêng paduka kyai / paringa barkah kagunan / mring dasih kang tuna budi / mrih bangkit anênulada / pintên banggi ngirib-irib //

lir paduka kang pinunjul / kawula wus ngrumasani / tuna saliring kagunan / Ki Wrêdha mangsuli ririh / kadare wong tuwa desa / ingkang pinriha punapi //

yèn ta ing bab kawruh punjul / dunungipun nèng nagari / tan pisan wontên ing kula / ananging yèn anggèr apti / tampi kawruh kang sapala / ingkang nama ngèlmu nitis //

ki patih suka kalangkung / nulya winulang sanggyaning / punang ngèlmu panitisan / salwiring rèh sampun bangkit / lêbda umanjing sakala / maring kang sarwa kumêlip //

riwusing tulus tinêmu / pêpisahan kyai patih / anglajêngkên lampahira / têmah lampahira prapti / nèng madyaning wanapringga / ngunguning tyasira mijil //

[Mijil]

kagyating tyas wau kyai patih / amulat kadhaton / dahat agung lan endah warnane / ngasorakên sasamining puri / nadyan nèng asêpi / ngujwala ngênguwung //

jroning pura dahat katon sêpi / tan dèn ambah uwong / kyai patih alaju tindake / sapraptaning jro pura kaèksi / putri tanpa kanthi / ki patih sru ngungun //

kyai patih wusing cakêt taklim / kanthi matur alon / dhuh suputri ulun matur mangke / punapa ta paduka sayêkti / sajatining janmi / sanès kang lêlêmbut //

yèn ta janma têka elok yêkti / amung ijèn manggon / nèng madyaning wana kang agêdhe / nanging yèn ta sajatining êjin / mokal yèn kaèksi / wontên ing pandulu //

angandika wau sang suputri / kula janma yêktos / putra Nata Sahrastan prajane / datan pae tyas kula sayêkti / agawok dupi wrin / andika kadulu //

awit yêkti pilih-pilih janmi / prapta ing kadhaton / kang dumunung madyèng alas gêdhe / mila tuwan jarwaa sajati / sintên ingkang nami / prapta kusung-kusung //

kyai patih awacana ririh / tan sajarwa yêktos / nama kula Karib sajatine / asli saking nagari ing Babil / prapta kula ngriki / nut paraning suku //

ing samangkya kula minta warti / jarwaa sayêktos / dene putri wontên ngriki ijèn / paran anggèr ingkang dados marmi / kaparênga mugi / jarwa jatinipun //

sang suputri angandika aris / kula jarwa yêktos / kula putra nata sajatine / kadi kang wus jinarwa ing ngarsi / Kamariyah nami / anglampahi tuduh //

awit saking têdahing wong luwih / mênggahing wak ingong / anggung kinèn mèngêt salamine / aywa pisan-pisan jatukrami / lawan janma laki / kang cidra ing wuwus //

wêwêling kang mangkana sayêkti / dahat kula raos / gung tumanêm têtêp kongsi mangke / datan ewah mung kula antêpi / ing pamuji mugi / sagêda lêstantun //

sanalika kraos kyai patih / kataman pasêmon / dene nyata cidra ing ature / kang kadyèku sayêkti kawilis / yèn ki patih ugi / janma cidrèng wuwus //

sang surêtna awacana malih / awrating wak ingong / saking mèngêt ing godha anane / ing pramila milalu pribadi / manggèn wontên ngriki / ayasa kadhatun //

kang iyasa inggih jêng ramaji / mrih têtêpa manggon / katrêm têntrêm dinohan godhane / mung sapisan ing dalêm sasasi / jêng rama nuwèni / mring madyèng wana gung //

sasampating ngandika sang putri / ki patih malênggong / nulya mundur alon ing lampahe / osiking tyas mangkya arsa bali / nadyan wukduk. ing kardi / nanging mangguh tutur //

yèku ing bab anane sang putri / kang dahat kinaot / yêkti dadya sri nata lipure / têmah laju lampahe ki patih / praptaning nagari / marêg ing sang prabu //

aturira kula nuwun gusti / ulun atur wartos / lampah ulun cabar ing yêktose / tan sêmbada dinuta ing gusti / kidang tan pinanggih / sirna wontên purug /

nanging gusti kawula ngaturi / pawartos wigatos / kang kapisan gusti ulun mangke / antuk bagya mangguh ngèlmu gaib / saking tiyang luwih / kang elok kalangkung //

dyan sajarwa wau kyai patih / sanggyaning lêlakon / nulya nyandhak mangkana ature / amba prapta madyaning wanadri / uning wontên putri / kang tuhu pinunjul //

ngulatana salumahing bumi / lôngka lamun manggoh / putri ingkang mirib suwarnane / kang makatên mênggah ulun gusti / kalamun marêngi / môngga gusti rawuh //

datan wontên kang pantês mêngkoni / dhumatêng sang sinom / kajawi mung paduka pamase / sri narendra dupi antuk warti / ing galih kêgingsir / nuli tindak sampun //

tindakira mung kanthi ki patih / ing wusana rawoh / mring dununging Ki Wrêdha ing mangke / ing Basarkan kang kawêcèng ngarsi / ki patih wêwarti / sri nata kang rawuh //

kaki matur dhuh gusti sang aji / paran karsa katong / dene rawuh wontên ngriki mangke / dhinèrèkkên ing rêkyana patih / kang tamtu wigati / karsa dalêm prabu //

sri narendra angandika aris / inggih paman yêktos / kula kèlu maring pawartane / aturipun mring kula pun patih / paman apêparing / ngèlmu kang linuhung // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 85, 19 Jumadilawal Taun Ehe 1860, 23 Oktobêr 1929, Taun IV

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1331] ---

Ôngka 85, 19 Jumadilawal Taun Ehe 1860, 23 Oktobêr 1929, Taun IV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Pasabinan ing Tasikmalaya

[Grafik]

Pasabinan ingkang sampun rampung ing damêl kados gambar ing nginggil punika, katingal anêngsêmakên.

--- 1332 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja, Ind. Arts ing Kudus

Sêsakit edaning sagawon.

Tiyang ingkang sakit edaning sêgawon (lyssa) punika jalaran ingkang limrah saking kacakot sêgawon ingkang sakit edan. Kewan sanès kados ta: kucing, kêthèk, kapal, lêmbu sagêd ugi katularan manawi kacakot sêgawon edan wau, mila tiyang sagêd ugi kenging sêsakit punika, jalaran kacakot kewan ingkang kasêbut ing nginggil ingkang sakit edaning sêgawon. Idu tiyang utawi iluning kewan ingkang sakit wau mawa wisa ingkang para dhoktêr dèrèng nyumêrêpi sayêktos.

Tiyang ingkang katrajang utawi nandhang sêsakit punika wêkdal antawisipun wiji sêsakit lumêbêt ing badaning tiyang kacakot kalihan thukulipun sêsakit 6 dumugi 6 wulan ngantos sagêd sataun. Enggal danguning thukulipun sêsakit gumantung sakisaking. panggenan ingkang kacakot sêgawon edan wau.

Manawi rai ingkang kacakot thukulipun sêsakit enggal sangêt, ingkang sampun kalampahan sampun botên kenging dipun jampèni, amargi saking bantêripun. Ingkang sakit sakawit kraos sakit ing panggenan ingkang dipun cakot sêgawon wau, sirah ngêlu badan suku lan tangan sami kraos cêkot-cêkot utawi cêkit-cêkit. Ingkang sangêt lan kraos botên sakeca punika manawi ngulu idu utawi toya lan sanès-sanèsipun karaos angèl lan sakit ing gorokan, ngantos idu botên sagêd kolu, lajêng mêdal daleweran utawi muruh wontên ing cangkêm, wasana ingkang sakit lajêng ajrih ningali toya, amargi kraos ngêlak sangêt, nanging manawi badhe ngombe utawi èngêt badhe ngombe kemawon sampun kraos sakit sangêt ing gorokan, mripat mlolo, gorokan sakit lan sêsêg lajêng badan sakojur kraos kakên, trataban. Kajawi punika ingkang sakit tansah gumêtêr nratab kagèt samôngsa mirêng punapa-punapa utawi ningali pêpadhang lan sanès-sanès ingkang andadosakên urat-urat kêncêng, wasana ingkang sakit pêjah wêkdal èngêtan taksih jêjêg.

Manawi lare ingkang katrajang, salêbêtipun 6-12 jam sampun ludhang, dene tumrap tiyang ingkang sampun ngumur, anggènipun ngraosakên sakitipun ngantos 2-5 dintên, wêkasanipun mêsthi pêjah.

Bêgja sangêt dene sapunika sampun wontên jampinipun: ingkang manggihakên inggih punika Tuwan Dr. Louis Pasteur (Fransch) ingkang misuwur sadonya, mila Instituut Pasteur ing Bandhung mêndhêt asmanipun pandamêlipun jampi wau makatên: truwèlu dipun suntik mawi wisa utawi wiji saking utêkipun sêgawon ingkang pêjah sakit edan, ing salêbêtipun saminggu truwèlu wau pêjah, sungsumipun truwèlu ing rongkong ingkang lajêng ngandhut wisa wau dipun [dipu...]

--- 1333 ---

[...n] garingakên sawatawis dintên, sungsum ingkang sampun garing dipun jur ingkang alus sangêt lan dipun wori 0,9% zoutopl. Dados jampi, lajêng kenging kasuntikakên tiyang ingkang kacakot sêgawon edan wau. Salêbêtipun 14 dintên sabên dintên dipun suntik sapisan. Sungsum ingkang têlês punika kêras sangêt, ingkang ragi garing kirang kêrasipun , saya garing saya botên kêras.

[Grafik]

Swargi Tuwan Dr. Louis Pasteur.

Panyuntikipun sapisan mawi jampi ingkang botên kêras (ingkang garing sangêt) salajêngipun kêdah ngangge ingkang langkung kêras sabên dintên mindhak.

Pinanggihipun badaning tiyang ingkang dipun suntik, dangu-dangu sakitipun dados ènthèng, kadosdene tiyang dipun suntik cacar (mriksanana bab sêsakit cacar, panjagi lan panulakipun).

Wisa ingkang kasuntikakên wau sagêd anggugah dat-dat ing salêbêting badanipun tiyang ingkang dipun suntik, dat-dat wau lajêng sagêd nanggulangi wiji-wiji sêsakit ingkang sampun ngrêbda ing badanipun ingkang sakit. Sasampunipun dipun suntik rambah-rambah, dat-dat wêwah kiyat, sêsakitipun dados ènthèng, badan sagêd saras.

Mila tiyang ingkang kacakot sêgawon edan punika kêdah enggal kesah dhatêng Instituut Pasteur ing Bandhung, supados sagêd enggal dipun jampèni suntikan ingkang sampun kula pratelakakên ingn ngajêng. Manawi kasèp anggènipun jampèni, ingkang sakit botên ngukup, awit sajatosipun jampi suntikan wau tumanjanipun sasampunipun 14 dintên kajampèkakên (kasuntikakên).

Sêgawon ingkang nyakot wau sasagêd-sagêd kêdah kacêpêng gêsang, manawi botên sagêd inggih dipun pêjahi kemawon, lajêng kabêkta dhatêng dhoktêr kewan ingkang badhe mêndhêt utêgipun kakintun dhatêng Bandhung.

Dene nyêpêngipun sêgawon wau kêdah ingkang ngatos-atos, sampun ngantos sêgawon sagêd nyakot, mila ingkang limrah murih gampilipun sêgawon dipun pêjahi.

Sêgawon ingkang sakit punika jalaran saking katularan kacakot kancanipun sêgawon utawi kewan sanès ingkang sami bangsanipun (kucing, kêthèk lan sanès-sanèsipun) Incubatietijdperk-ipun 5-8 minggu sasampunipun dumugi mangsanipun, sêgawon katawis yèn sakit edan, malah sadèrèngipun katawis thukul sêsakitipun, idunipun sêgawon wau sampun ngandhut wisa. (Badhe kasambêtan)

--- 1334 ---

Kawruh Sawatawis

Nyundhukakên Pamanggih

Andharanipun sadhèrèk P. ing kalawarti Kajawèn 16 Oktobêr 1929 ôngka 83 bab Têgêsing basa mawi mêngku sandining sêmu, punika sarèhning agêgayutan kalihan kawruh marsudi basa, punapa malih miturut lampahing jaman, kula kêpêksa anaruwe. Dene panaruwe kula lair batos namung sumêdya nêtêpi kawajiban, ingkang wosipun angeman dhatêng risaking basa. Dados têbih nama ngêsorakên utawi niyat ngungkul-ungkuli dhatêng ingkang sampun kaparêng paring andharan (sadhèrèk P.) ingkang lugu ambèbèr sêsuluh wontên ing kalawarti Kajawèn punika.

Kauningana, nêgêsi basa ingkang mawi cara makatên wau, tumrap jaman samangke nama ngrisak utawi mrusa basa, têrangipun; basa ingkang sampun gêsang dipun wangun, dipun bêsut, dipun opèli malih, satêmah lajêng botên nama anggêgêsang utawi nyaèkakên basa, nanging malah kosok wangsul dados ambibrah basa. Kados ta:

I. Sadhèrèk sinarawèdi, dipun têgêsi: Sara = dêdamêl (wèdi botên (dèrèng) dipun têgêsi) = dipun angge dêdamêl ingkang linangkung. Salajêngipun.

Punika sanadyan anggèning nyèlèhakên pikajênganipun sampun sae, nanging dèrèng lêrês trap-trapanipun. Jumbuhing pikajênganipun têmbung, pancèn utawi prayoginipun kêdah makatên:

Sara = dêdamêl. wèdi = alus. Sinarawèdi = dipun damêli (murih) alus = dipun gosok.

Dados: sinarawèdi punika têgêsipun dipun gosok.

Upaminipun: gumêbyaring sêsotya - kalawan sinarawèdi. Putihing bêras - sarana sinosoh. Lan sapanunggilanipun.

Dene têmbung: sinarawèdi, bilih dipun trapakên dhatêng sadhèrèk, murih mathuk kalihan kawontênanipun kêdah dipun têgêsi:

Sara = pamalês, wèdi têmên. Dados pikajêngipun: sadhèrèk ingkang winalês (dipun srahi) ing têmên = sadhèrèk sêtya sami sêtyanipun. Pramila ingkang nama sadhèrèk sinarawèdi punika supêkêtipun anglangkungi sadhèrèk tunggil yayah rena, dening sampun tanpa subasita, bêbasan: dhuwur galêng - ngisor galêng.

II. Andaradasih = impèn ingkang kanyataan kalihan wahananipun. Têgêsipun: andara = aruhur = dhêdhuwuran = bandara = inggil-inggilan. Dasih: abdi = batur = sor-soran, salajêngipun.

Andaradasih, punika têmbung opèl-opèlan. Lêrês utawi kaprahipun: duradasih - doradasih. Têgêsipun: têrus.

III. Palakrama, têgêsipun: pala = uwoh. krama = sae...

Palakrama punika = parakrama. Têgêsipun :

--- 1335 ---

tatakrama. Wontênipun tiyang jêjodhoan dipun basakakên: palakrama, amargi nêtêpi tatakramaning tumuwuh.

VI.IV. Kopat-kapita kaya ula napak angin, kêkêjêra kaya manuk branjangan.

Bêbasan makatên punika sarèhning sampun jarwa, sabên tiyang kenging katamtokakên mangrêtosipun, dados kula botên prêlu cawe-cawe.

Wusana sangêt ing pangajêng-ajêng kula, mugi wontêna sarjana ingkang karsa andarmakakên pamanggihipun, ingatasing pangudi basa punika, kaparênga lajêng anglêrêsakên, kanthi wêwaton ingkang salajêngipun dados pathokan.

Pun T.

Panglipur Manah

Côndra

Mênggah ing sêrat waosan, ingkang dados golongan waosan tiyang sêpuh, punika limrah mawi ngawontênakên côndra, dene ingkang dipun côndra wau warni-warni, wontên ingkang nyôndra dhatêng warnining tiyang, wontên anyôndra adining sawangan, tuwin sanès-sanèsipun.

Kajênging côndra punika, prêlu kangge anggêsangakên raosing tiyang, murih sagêd karaos ing manah lan sagêd damêl saening punapa ingkang dipun cariyosakên, mila sêrat waosan ingkang tanpa côndra, lajêng araos cêmplang. Nanging manawi kêkathahên côndra malah sagêd damêl kêmba, dados prayoginipun damêl côndra wontên ing sêrat waosan, sampun kêrêp-kêrêp.

Ingkang pinanggih ing sêrat-sêrat kina, ingkang limrah sangêt dipun côndra punika tiyang, kados ta warnining putri, dipun garejah wiwit saking rambut ngantos dumugi suku, malah dumugi solahipun pisan. Bab punika saking kêrêpipun dipun ucapakên, sintên kemawon ingkang ahli maos sêrat tamtu mangrêtos. Upaminipun rikma mêmak ngendrawila wilis, sapanunggilanipun. Sasampunipun pêpak anggèning nacahakên, inggih punika anggèning nyôndra, lajêng gumêlêng dipun êtrapakên wontên têtiyanganipun manut ing tandang, manawi ruruh kados Sumbadra, manawi nglangak kados Srikandhi. Sanadyan dipun kosokwangsul, upami tiyang cariyos: wah, wujude satasatsasat. Sumbadra. Punika tiyang inggih lajêng mangrêtos kemawon dhatêng wêwangunanipun tiyang êstri ingkang dipun cariyosakên wau. Têgêsipun têtiyanganipun alus, badanipun sarwa lurus, lampahipun kalêntrêng-kalêntrêng.

Candraning warni punika miturut ing sêrat-sêrat Jawi warni-warni, mênggahing panyôndra ingkang jangkêp:

Grana ngrungih, pindha kancana pinatar, punika mindhakakên saening irung, kadosdene kancana dipun patar, inggih punika kancana dipun kikir, awit kikiran mênggahing kancana, punika alus botên [botê...]

--- 1336 ---

[...n] nguciwani, dados tumraping irung wêwangunanipun inggih tanpa kuciwa.

Netra lindri, punika para maos sampun botên kêkilapan.

Alis mêlês ngalela, cêmêngipun cêtha.

[Grafik]

Botên ngêmungakên sulistyaning warninipun para wanodya kemawon, sanadyan wujuding lèpèn kados gambar ing nginggil ugi asring dipun côndra.

Kuping kados simbar rumêmbun, inggih punika kados thukulaning simbar.

Rikma mêmak ngêmbang bakung, punika mêndhêt atêgês ngandhan-andhanipun, dene cêmêngipun anjangês sêmu ijêm, nyambêrlilèn.

Athi-athi ngudhup turi, inggih punika kados sêkar turi ingkang dèrèng mêgar.

Sinom angron sumêmi, atêgês kados sêmining gêgodhongan.

Lambe mathis, punika lambe ingkang tangkêpipun sami, tiyang ngantos botên sagêd mada kandêl tipisipun.

Wadana (rai) pindha wulan. Punika wujuding rai mancorong, dados tumrap pakulitan jêne.

Bangkekane nawon kêmit, mênggik kados bangkekaning tawon kêmit.

Dariji mucuk ri, atêgês lancip.

Asta anggandhewa gadhing, punika tangan ingkang andhêngklang.

Cêkakipun côndra punika botên kirang, sadaya saranduning badan kenging dipun côndra, nanging ingkang sampun kêlimrah nyôndra punika namung mêndhêt kados ingkang sampun kêlimrah kawrat ing sêrat-sêrat, bokmanawi jalaran saking sampun kêlimrah tuwin dipun anggêp sae yêktos. Môngka manawi dipun manah, côndra punika botên kenging dipun têtêpakên, sapisan, jalaran mathuking sawangan tumrap satunggal-satunggaling [satunggal-sa...]

--- 1337 ---

[...tunggaling] tiyang punika beda-beda. Wontênipun makatên, amargi lugunipun côndra ingkang sae punika kajawi dumunung wontên tiyang ingkang dipun côndra, ugi kêdah nocogi kados kasênênganipun ingkang nyawang, dados tumrap satunggiling panyôndra, dèrèng tamtu anocogi dhatêng tiyang sanès, inggih lêrês candranipun sampun angêplêki, nanging kajêngipun rak kêdah damêl sêngsêm. Kaping kalih, sayêktosipun côndra punika sagêd ewah kalihan kawontênanipun kaanan, upaminipun bangkekan nawon kêmit, tumrapipun sapunika bokmanawi sampun awis wontênipun, amargi sampun botên anocogi kalihan jamanipun, awit mênggahing nawon kêmit, atêgês bangkenaipun tiyang ahli brata, môngka ing sapunika bratanipun para wanita pinanggih wontên ing pasinaon, kasarasanipun tiyang sinau kêdah sarwa santosa badanipun, inggih punika ngudi kêcêkaping têdha, mila badan prêlu kêdah kêngkêng akiyat. Wusana tumrap sêsawanganipun tiyang sanès ugi lajêng katut santun rêmên ingkang sarwa pupuk sambada, botênipun inggih badan ingkang sarwa isi, mila lajêng nuwuhakên santuning mathukipun panyôndra. Kaping tiganipun, côndra punika tumrapipun jaman sapunika sampun camboran kalihan mathuking sawangan ngamônca.

Dados mênggah mathukipun ing panyôndra prayogi ngawontênakên dhapukan enggal.

Jagading Wanita

Pakêmpalan Wanita ing Magêlang

Sayêktosipun kula ragi aras-arasên, ngandharakên kawontênanipun pakêmpalan wanita ing Magêlang punika. Sababipun botên punapaa, kajawi namung: bosên êmbahipun bosên, môngga para maos, panjênêngan galih, sampun pintên pakêmpalan wanita ingkang dipun êdêgakên wontên ing Magêlang, sabên-sabên inggih taksih dados swargi kemawon. Ingkang makatên punika punapa jalaran saking aliting kithanipun, punapa sabab saking dèrèng anjamani pamanggihipun tiyang mriku. Manawi saking aliting kithanipun, kados botên kirang kitha sanès-sanèsipun ingkang langkung alit, ewadene gêsangipun pakêmpalan wanita saklangkung subur. Manawi jalaran saking dèrèng anjamani pamanggihipun tiyang mriku, kok inggih mokal ingatasipun ing taun 1929 inggih punika jamanipun sadaya tiyang, jalêr punapadene priya, sami ngudi dhatêng kamajêngan.

Mênggah ing pamanggih kula, majêng munduripun bôngsa wanita, utawi sagêd adêgipun pakêmpalan wanita, sabagian agêng gumantung saking priya. Têgêsipun: manawi para putri badhe ada-ada adamêl pakêmpalan, para kakung sampun tumuntên mada utawi mêmoyok, upaminipun makatên: la kae, barêng wis padha ngadêgake kumpulan,

--- 1338 ---

andina-dina namung padha grudag-grudug cêkakakan turut dalan, utawi: wong wadon padha ngêdêgake kumpulan kuwi, karêpe rak mung arêp pandhing-pandhingan panganggo, nèk wis têkan ngomah, banjur ngrasani: sêngkange dèn ayu anu kae bênêr gêdhe, ning mung intên lumrah, dudu barliyan, wiyah, Dèn Ngantên Jaya kae wong wis tuwa bae sêmang wiron nganggo jêpètan barang. Pangandikanipun para kakung ingkang makatên wau, têmtu sagêd adamêl kêmbanipun para wanita, ingkang anjalari kamunduraning pakêmpalan. Lho, kula botên mastani, bilih para kakung ing Magêlang sami kagungan panggalih utawi pangandika ingkang makatên punika, jêr kula nêksèni piyambak, kathahing padamêlan ingkang dipun sanggi, inggih padamêlan dhinês, ing panggenan tiyang bayèn, punapadene ing kamarbolah. Jalaran saking sadaya wau, têmtunipun para kakung inggih lajêng sami botên kobêr amanggalih barang ingkang botên-botên, ewasamantên wontênipun pkêmpalan wanita tansah adêg-adêg antêp.

Ing nginggil kula sampun ngaturakên, bilih majêng munduring wanita punika, saperangan agêng gumantung saking para kakung. Punika pancèn inggih lêrês, tandhanipun: manawi wanita bribik-bribik badhe majêng, upaminipun kemawon badhe adamêl pakêmpalan, punapa malih para kakung botên marêngakên, mada utawi amaoni, sanadyan amarêngakên, nanging sarêng ingkang putri kondur saking parêpatan, ulatipun ingkang raka sajak kados priyantun ingkang sawêg gêrah waja, ingkang putri inggih andadak lajêng kêmba kemawon. Amila panuwun kula dhatêng para kakung, krêsaa angagêm jamanipun, têgêsipun: samangke jamanipun sadaya sami ngudi dhatêng kamajêngan, amila manawi para putri kagungan sêdya badhe majêng, sokur bagi para kakung krêsa [krê...]

--- 1339 ---

[...sa] ambantu, botênipun bok inggih sampun ngèwêt-èwêti. Têntunipun wontên sawênèhing kakung ingkang ngandika makatên: sing ora ngrasakake iya ngono, hla apa mèmpêr, barêng bojoku mèlu kumpulan, aku banjur arang-arang diolah-olahake, mung kudu narima diliwêtake lan dijajakake pêcêl karo dhidhih bae, lho, manawi makatên tindakipun inggih klintu. Dupèh ingkang kakung amarêngakên, ingkang putri sampun kok lajêng nglirwakakên panyêpêngipun bale griya, punika naminipun lajêng botên anêtêpi kautamaning wanita.

Amangsuli rêmbag adêging pakêmpalan wanita ing Magêlang, kados ingkang sampun kula cariyosakên ing ngajêng, sampun rambah-rambah, nanging tansah botên kadadosan. Dèrèng dangu punika dening sawênèhing wanita ugi dipun adêgakên pakêmpalan malih, kanamakakên: Rukuning Wanita, gambaripun kados ingkang kacêtha ing suwalik nginggil punika. Mênggah sêdyanipun pakêmpalan botên ngêmungakên ambudidaya murih sagêd rukunipun para wanita, sarana kadhangkala ngawontênakên parêpatan ingkang kalal, dados dede parêpatan nyêkawanan utawi gangsalan, prêlu angrêmbag prakawis warni-warni ingkang migunani tumrap wanita, nanging ugi ngudi dhatêng sakathahing kagunan ingkang maedahi tumrap para wanita, kados ta: bordir, nyongkèt, nyulam, nênun, olah-olah lan sapiturutipun.

Botên langkung kula tansah amêmuji saking katêbihan, mugi-mugi adêging pakêmpalan wanita Magêlang ing sagêdhagan punika, sagêda widada lêstantun dumugia ingkang dados ancasing pakêmpalan, lan ing ngriki kula kapêksa ngaturi pêpèngêt sakêdhik, manawi pakêmpalan wanita ingkang dipun adêgakên samangke punika mêksa jêblog, sanadyan namung lirihan, badhe kula jiwiti wontên ing Kajawèn ngriki, samantên rumiyin atur kula.

Sumantriyah.

[Grafik]

Gambar ing sisih punika guru lan para murid normal sêkul ing Garut, nalika dhatêng Bale Pustaka, prêlu badhe nyumêrêpi padamêlaning kantor Bale Pustaka, saha lajêng sagêda migunani tumrap para murid-murid wau. Dene ingkang anampi punapadene ingkang nyulang-nyulangakên ing padamêlan punika Tuwan Brondgeest amtênar ahli basa ing Bale Pustaka.

--- 1340 ---

Waosan Lare

Kasugihaning Tiyang Cêthil (Cariyos Hindhu)

Karanganipun Sita Dèwi

II.

Sampun pintên-pintên taun anakipun èstri pun Satyabati botên wangsul dhatêng griyanipun. Sabên taun Dhinabandhu namung cucul arta kalih wêlas utawi kawan wêlas, Anah kangge numbasakên sinjang lurik utawi polèng, lajêng kakintunakên anakipun lantaran salah satunggaling lênggananipun kapilih ingkang mlarat, dados pangintênipun sagêd tanpa cucul wragad babarpisan. Sarana lampah makatên wau sabên taun sapisan Dhinabandhu sagêd mirêng pawartos saking anakipun, kajawi sataun sapisan punika Dhinabandhu sampun botên babarpisan ngèngêti bilih gadhah anak. Sarèhning ingkang ngopèni Satyabati wau sadhèrèking êmbokipun piyambak, mila Dhinabandhu manah botên prêlu nyukani arta nêdha utawi pondhokan. Ciptanipun, bokbilih damêl sêrik. Nalika Satyabati emah-emah, ingkang mangku damêl ugi pamanipun, tur kapinujon têmên, dene ing dintên ijabipun wau Dhinabandhu kalêrêsan ribêd ngurus satunggiling prakawis, mila botên sagêd dhatêng, môngka kintun arta utawi pasumbang sanèsipun kemawon inggih botên. Ing salajêngipun ngantos pintên-pintên taun pun Dhinabandhu lêstantun botên ngèngêti dhatêng anakipun babarpisan, dalasan anggènipun ngintuni sinjang sataun sapisan kemawon dipun kèndêli, arta namung kangge ngindhaki simpênanipun. Mila makatên, awit sinjang namung pangaos kalih wêlas, Anah punika kêtanggêlan utawi kirang pantês manawi kakintunakên dhatêng griyaning mantunipun, pantês-pantêsipun kêdah dipun kanthèni bêbingah sanèsipun sarta nyênyamikan ingkang lêgi-lêgi. Ananging Dhinabandhu sampun botên gadhah bojo ingkang sagêd ngrampungi prakawis makatên punika, mila inggih aluwung botên punapa-punapa babarpisan.

Griyanipun Dhinabandhu manawi kadulu nyêpêti paningal, banonipun sampun wiwit sami gêmpal, lepaning tembok sampun sami rontog watawis dangu, pasitèn ing kiwa têngênipun tuwin kêbon lan palataranipun sami anjêmbrung kêbak rumput tuwin rêrungkudan. Ing wanci dalu botên wontên tiyang ingkang purun ngambah panggenan wau, jalaran ajrih manawi midak sawêr utawi kêtonggèng. Namung Dhinabandhu botên ajrih, awit manawi dalu sampun kulina mubêng-mubêng kados tiyang ingkang katitahakên ing jaman pêtêng. Manawi ngangge colok tamtunipun kecalan wragad, mila trimah pêtêngan. Namung pojoking sênthong ingkang dipudipun. ênggèni kemawon ingkang dipun pasangi jlupak. Badhe kasambêtan.

--- 1341 ---

Rêmbagipun Sêmar, Garèng, lan Petruk

Bab Rawuhipun Sang Nata ing Siyêm wontên ing Candhi Barabudhur

Candhakipun Kajawèn ôngka 84.

Petruk : We, hla, kêtanggor aku saikine, sida kêbobolan têmênan. Kiyi rak dina Rêbo, ora masane rama lan Kang Garèng têka mrene, jêbul-jêbul kae padha pating kêyundhuk têka. Tiwas duwe pitik dhere siji wis tak kon nyêmbêlèh kabèh. Rekane mono dina kiyi arêp ropyan-ropyan dhewe, nanging saikine sida nguthut bakal ora kumanan gêndhing utawa brutune têmênan. Hêm kok nyata pangandikane para sêpuh, yèn dhayoh kuwi sok anggawa rêjêki dhewe-dhewe, sanadyan rêjêkine mau lumrahe malah agawe karugiane sing didhayohi. E pulo-pulo wis pêsthine, mung pangarêp-arêpku, muga-muga Makne Kamprèt aja kumalancang ngêndhêg dhahar.

[Grafik]

Sêmar : Wah, aku kiyi nèk andêlêng nyang uripe Petruk, nang ati rumasa ayêm. Awit Petruk wis mêruhi, yèn nganggur kuwi dadi pakaning setan, mulane nèk nang omah, kaya sing tak wêruhi nalikane aku mlêbu mrene, iya ora kok banjur lèlèh-lèlèh utawa nganggur: gur, nanging iya maca ramalan warna-warna, nèk-nèke bae ya maca, ayat Kursi, surat Ikhlas, utawa Samandiyah lan sapadhane, dadi kajaba tansah ngèlingi marang kang nitahake, uga ngarah ganjaran.

Garèng : Hla, kuwi nèk Rama, yèn lagi dhêmên nyang uwong, kabèh tindak-tanduke iya dianggêp bêcik lan tansah dialêmbana bae. Ora pisan-pisan duwe panyana, yèn kalane rama karo aku mlêbu mau, lagi garundêlan sabab saka ora sênêng didhayohi.

--- 1342 ---

Sêmar : Ya kuwi nèk Garèng, pandakwane nyang uwong mung alane bae. Kêrêp bangêt aku nêksèni, nèk ana uwong dialêm ing liyan, Garèng iya banjur muni bae, iya, ning cacade sok gêlêm mêngkene... lho, kuwi karêpe rak sajak ora rila, nèk ana wong liya dialêm bêcik, ing kono banjur sajak ngatonake yèn awake dhewe kang bêcik, liyane ala kabèh. Mulane iya ora kêna dipaido yèn Garèng tansah disêngit ing ngakèh. Wis, wis, kok banjur ngrêmbug liya lan nglalèkake prêluku têka mrene. Ora Truk, kowe aja pisan dadi atimu, aku têka ing kene kabênêr dina Rêbo, sanyatane aku sêlak kêpengin ngrungu banjure caritamu bab rawuhe sang nata ing Siyêm ana ing Barabudhur. Mara, tumuli banjurna saiki.

[Grafik]

Sang Nata Siyêm wontên ing candhi Mêndut.

Petruk : Jam 9 esuk aku wis sadhiya kanthi nyangking bêkakas potrèt ana sangarêping candhi Mêndut. Awit sadurung-durunge aku wis krungu, yèn sing bakal dirawuhi Sang Nata ing Siyêm dhisik dhewe: candhi Mêndut. Kala samono ing kono wong-wong sing padha mrêlokake arêp nonton wis padha thirik kaya ambêng Suran.

Garèng : Wiyah, ana thirik kok kaya ambêng Suran, le ora mèmpêr, sêtun-sêtun thirik kuwi rak kaya tanduran kacang.

Petruk : O, lha seje, Rèng. Nèk thirik kaya tanduran kacang kuwi, sadurung-durunge rak bisa dicèkèr-cèkèri pitik, kang bisa dadi bubrahe. Balik thirike kaya ambêng Suran, kuwi bisane bubrah mung salêbare dikêpung. Mungguh karêpku, wong-wong sing arêp padha nonton mau, kala samono wis ditata thirik-thirik, ora kêna owah manèh, sadurunge sang nata jêngkar saka panggonan kono. Kira-kira jam 10 sang nata rawuh kanthi dipêngarêpi pulisi Walônda loro kang padha nunggang pit motor. Sarawuhe sang nata ing Mêndut, dipêthukake karo ingkang wêdana Munthilan sapriyayine, sarta banjur kadhèrèkake lumêbu ing candhi. Sanalika kono aku nyandhak bêkakasku potrèt sumêdya anggambar para luhur sing lagi rawuh mau, nganti rambah kaping pat, jêgrèg, jêgrèg, glothak. Sauwise aku banjur gêmbelang-gêmbèlèng anggêpe kaya tukang potrèt sing wis dhêklomah kae. Ning barêng gambar papat mau wis rampung, sing katon ana gambare sang nata ing Siyêm jêbul mung siji, gambar liyane jêbul gambare pramèswariku dhewe, alias makne Si Kamprèt.

Garèng : Hla wong kowe, Truk, Truk. Aku iki ora maido nèk ana wong lanang trêsna nyang sing wadon, nanging trêsnane mau bok aja nganti kêladuk, mundhak ambubrahake agama, [aga...]

--- 1343 ---

[...ma,] têgêse: nèk lagi lêlungan prêlu sing gêgandhengan karo pagaweane upamane, wusana sing wadon rada rèwèl, iya kalakon: jêmbuwal bali maning têmênan.

Sêmar : Wiyah, kok banjur nyandhak sing dudu-dudu. Wis, Truk banjurna caritamu.

Petruk : Saka candhi Mêndut, Sang Nata ing Siyêm banjur têdhak nang candhi Pawon lan sabanjure nyang candhi Barabudhur. Bab kabèh mau ora prêlu takcaritakake, awit ora ana gunane pisan-pisan, mung ana prakara siji manèh sing prêlu dakcaritakake, yaiku: barêng aku andêlêng kangelane kabèh priyayi pangrèh praja lan pulisi, ya Lôndaa ya Jawaa, kuwi aku banjur kèlingan kalane aku lêlungan nyang Bogor karo ipeku nunggang motor, kuwi sing ambayari motore lan sing mrêsèni supire iya ipeku kabèh, nanging sing katon brêgas utawa manèh sing dialêm sugih, jêbul awake aku kiyi. Sêmono uga para amtênar mau, aku ora ngarani yèn bôngsa Jawa sing luwih akèh anggone anyambut gawe, aku mung arêp ngomongake sing katon lan sing kêtrima, nganti padha olèh bintang-bintang, jêbul mung bangsane: mênir-mênir bae.

Sêmar : Nèk aku malah ngarani bênêr bangêt, Truk, jalaran 1e nganggo bintanging liya nagara kuwi kudu ambayar, nèk aku ora kliru, f 50.- + f 1.50. 2e wong Jawa kuwi mokal bisane kasasar nyang Siyêm, seje karo bôngsa Walônda, kuwi kadhangkala sok bali nyang nagarane, dadi bisa uga kalakon mampir nyang nagara Siyêm, nèk olèh ganjaran bintang Siyêm, kuwi dadine sathithik-sathithik iya ana gunane. Wis, wis bab kiyi aja kêdawa-dawa, dicuthêl samene bae.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat Kabar Sanès

Kala malêm Sabtu ingkang kapêngkêr, pulisi ing Wèltêprèdhên sampun anggledhah griyanipun bôngsa Tionghwa nama: Tan Soen Lie ing pasar Sênèn, saha sagêd anyêpêng tiyang Tionghwa cacahipun 21, ingkang kala punika sawêg sami main kêrtu. Tiyang sadaya wau tumuntên badhe kaadhêpakên ing lanrohtêr, dene ingkang gadhah griya badhe kaadhêpakên dhatêng landrad, minôngka butamal ingkang sampun kabêslah pirantos main tuwin arta f 70,-.

Miturut pawartos, pulisi ing Wèltêprèdhên mèh sabên dalu nyêpêng têtiyang ingkang sami main capjiki. Ingkang nganèh-anèhi dene ing sawênèhipun pasar malêm, mainan capjiki wau têka dipun idini.

Ing Mistêr Kornèlis, pulisi sampun sagêd nyêpêng sagawon edan satunggal, ingkang sampun nyakot sagawon pintên-pintên. Têntunipun sagawon-sagawon ingkang dipun cakot wau, inggih sami lajêng edan sadaya.

Wôntên pawartos, ing dhepartêmèn ondêrwis, samangke sawêg karêmbag bab kawontênanipun pangajaran tumrap têtiyang pribumi badhe kapasrahakên dhatêng propinsi.

Dèrèng dangu punika pakêmpalan Budi Utama, kring Kaliori (Banyumas) ngêdêgakên pakêmpalan kridhit kopêrasi. Kangge sawatawis môngsa ngêmungakên warganing pakêmpalan Budi Utama, ingkang katampi mlêbêt dados lid. Sanadyan rêginipun satunggal, andhil namung f 2.50. Bandhanipun samangke kenging dipun wastani sampun lumayan. Pakêmpalan enggal wau dipun wastani: Bôndha Lumaksa, lan pangrèhipun wontên tiga, inggih punika: pangarsa ngiras ardana: Tuwan [Tu...]

--- 1344 ---

[...wan] Muhamad Salèh, panitra: Tuwan Dikin, dene ingkang dados warga rumêksa: Tuwan Lajim.

Pamujining redhaksi Kajawèn, mugi-mugi pakêmpalan enggal punika sagêda widada lan lêstantun ngantos sagêd kadumugèn punapa ingkang dados sêdyanipun.

Wontên pawartos: tumrap pakaryan S.S. kanthi sêrat wara-wara samangke sampun katêmtokakên, bilih sadaya èksamên ingkang dipun wontênakên tumrap punggawanipun ingkang kagolong têngahan, badhe dipun icali babarpisan.

Kenging punapa têka namung tumrap punggawa têngahan. Tumrap punggawa andhap-andhap, punapa èksamênipun taksih dipun lêstantunakên. Awit sayêktosipun, tiyang sêpuh punika manawi dipun wajibakên kapurih sinau malih, ingkang kathah sampun aras-arasên.

Katêtêpakên dados: ajung lanbao konsulèn saha kapapanakên wontên ing propènsi Jawi Wetan. Tuwan-tuwan: Radèn Mas A.C. Kamsah tuwin Supadinata Adisartana, kalih-kalihipun samangke: aspiran, ajung lanbao konsulèn.

AtêtêpakênKatêtêpakên. dados opsihtêr boswèsên saha kabantokakên wontên ing pajatosan ing Juara, Tuwan-tuwan Suprapta lan Subrata. Kalih-kalihipun samangke sami aspiran opsihtêr.

Dhatêng para ingkang mêntas minggah pangkatipun wau, redhaksi ngaturakên slamêt bênum.

P.P.B.B. inggih punika pakêmpalanipun para priyantun pangrèh praja bôngsa tiyang pribumi, kabaripun badhe ngawontênakên parêpatan prêlu badhe angrêmbag wontênipun hormat sirkulèr saking pamarentah.

P.P.B.B. badhe ambudidaya murih pranatan-pranatan ingkang awon wau enggal kaicalakên, makatên ugi badhe angrêmbag prakawis panganggèn dhinês tumrap priyantun-priyantun ingkang pangkat andhap.

Redhaksi kajawèn rumaos mantêp, mirêng ada-adanipun pakêmpalan P.P.B.B. ingkang makatên wau, awit redhaksi yakin, manawi ing têmbe golongan pangrèh praja têmtu badhe mindhak drajatipun.

Satunggiling milyunèr (tiyang sugih) bôngsa amerikah, ingkang samangke sawêg ngumbara wontên ing kitha Londhên (Inggris) badhe cukur nanging sajakipuin botên purun dipun cukur dening tukang cukur bôngsa Inggris, amila lajêng nilgram dhatêng tukang cukuripun piyambak ingkang gêgriya wontên ing Yuyorêk (Amerikah) wragading lampah dipun sagahi, gunggungipun sadaya wontên f 2500.-.

Makatên tindakipun tiyang ingkang kêsugihên. Amila ing ngriki botên kenging dipun paibên, dene pun Petruk, wongsal-wangsul dipun taros kapurih dhatêng nagari Walandi, tansah mogok kemawon, awit kulinanipun nêdha sêkul pêcêl, manawi wontên ing nagari Walandi, omongipun mindhak tansah bêstèl sêkul pêcêl saking tanah Jawi kemawon.

Wontên pawartos saking pangagênging pakaryan Pos "Bedrijf der Posterijen" bilih benjing tumapakipun wulan Januari 1930 botên anganggèkakên blangko pos wisêl modhèl agêng tumrap ing saindênging Indhia, makatên ugi tumrap sajawining Indhia.

Ingkang punika wiwit salêbêtipun wulan Januari 1930 ngajêng punika sintên ingkang gadhah blangko pos wisêl modhèl agêng wau, kenging anglintokakên dhatêng sadaya kantor pos tuwin kantor pos pitulungan, murih sagêdipun angsal blangko ingkang modhèl alit.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 76 sarta 1320 ing Sala. f 3.- sampun katampi. Nuwun.

Agèn nomêr 698 ing Cilongok. Rèhning yatra sampun kalajêng lumêbêt ing buku, dados tumrap kuwartal punika ingkang gratis inggih ingkang enggal. Taun ngajêng nyumanggakakên.

Lêngganan nomêr 3705 ing Sidayu (Gombong), tanggal 1 Januari 1930 panjênêngan sawêg kula wêdalakên saking lêngganan, krana kwartal 4 punika sampun panjênêngan bayar lunas.

Lêngganan nomêr 1819 ing Pulung (Panaraga), kula aturi mundhut priksa dhatêng: Redhaktur Waratamtama p/a. R. Said, Magêlang.

Lêngganan nomêr 1679 ing Madiun. Rêndhêt sangêt anggèn panjênêngan paring wisêl, andaddosakên cuwaning manah kula dene botên sagêd ngaturi Kajawèn jangkêp. f 2.50 kula tanjakakên makatên: f 0.50 bayaran tunggakan Ogustus f 1.- malih kangge Nupèmbêr sarta Dhesèmbêr, saha ingkang f 1.- malih kangge Januari tuwin Pèbruari 1930, dados: Sèptèmbêr, Oktobêr punika, botên kapetang lêngganan.

Wara-wara

Para priyantun lêngganan enggal, ingkang botên nampi Kajawèn nomêr 79-80 saha 81, mugi kêparêngana maos pawartos saking administrasi, kawrat ing Kajawèn nomêr 82 kaca 1296.

--- 1345 ---

Wêwaosan

Sirwenda lan Danurwenda

Anggitanipun Muhammat Dohiri

1. Adipati Pathi dhatêng rêdi Patiayam, kapanggih kalihan Baronsêkèbêr.

Sinom

mêmungu tyas tumaruna / ambabar sinawung gêndhing / mat ngrêmite tan rinasa / dora tuna kinarya dir / ingènjêpan sasami / rinarèmèh de tan mungguh / suprandene pinêksa / suking tyas tan paja kêndhih / andalurung ambêrung pêksa anggita //

ambak ambing mung gumisa / lalawora tanpa ngrêti / gayuhe bae kangelan / rêkasa nora mutusi / dhèndhèng dhandhung tan isi / niba tangi solahipun / saking kasaput ima / ranggèhe mring lagu Jawi / têmah ngajab ingowahana sadhengah //

mat nikmate kang ginita / carita duk nguni-uni / saking gotèking ngakathah / dongènge para winasis / yèku carita nguni / Sirwenda lan arinipun / Danurwenda samana alame ingkang dipati / ing nagari Pasantênan Dyan Pragola //

dongèng kang winahyèng kata / rèhning sru nênarik ati / marma mangkya rinumpaka / tinatata rinarakit / pamrihe kang supadi / dadia pangemut-emut / ya ta ingkang kinôndha / duk nguni ana sawiji / bôngsa sabrang anjajah mring tanah Jawa //

ingaranan duk samana / Baron Sêkèbêr winarni / tan cinatur dènnya mlana / kocap tumêka ing ardi / Patiayam dèn broki / ing kono kinarya dhukuh / amêsu tata-tata / kang pinêlêng jroning kapti / kapengin wruh kaprawiraning wong Jawa //

riwusing lama kawarna / kocapa Risang Dipati / Pragola ing Pasantênan / anuju sajuga ari / tindak arsa têtuwi / mring asramaning ki guru / kang mêsu tapa brata / ing pratapan pulo Upih / yèku mangkya wartane ing Mandhalika //

guru misuwur waskitha / marang kang nêdhêng ginaib / tan samar don kadadean / kasidan kang dèn parsudi / mangkana sang dipati / pulo Upih sampun rawuh / nulya sinung pambagya / binêkta lênggah mring panti / angandika sang pandhita manambrama //

rumaos anggèr kawula / rawuh paduka ing ngriki / sasat pradapa mangarang / kasiraman dening warih / têmah samya ngalilir / saking bingahing tyas ulun / sang dipati kataman / panggunggung rikuh ing galih / dadya merang tumungkul angapurancang //

bantêring panuwun amba / mamrih paduka mariki / satêmah sagêd katrima / sang dipati matur aris / bapa sêsêpuh mami / dhasar sampun lami ulun / botên amarak sowan / ing ngarsa paduka yogi / têka kangên datan kêni sinayutan //

tuwin manah kula tansah / kumêdah-kêdah mariki / kabêkta raosing manah / botên sakeca sang yogi / nanging amba datan wrin / punapa darunanipun / sang wiku latah-latah / layak anggèr rawuh mriki / katujune botên ngantos kalayatan //

inggih lêrês dhawuh tuwan / awit pancèn wontên klilip / sang dipati duk miyarsa / ngandikanira sang yogi / anaratab ing galih / pindha tinêbak mong luput / marma matur ngrêrêpa / dhuh bapa kula sayêkti / mugi sampun katanggêlan paring pirsa //

supados manah kawula / cumêplong matêmah bangkit / mangikêt manganam-anam / mamrih basuki pinanggih / mangkana sang maharsi / pangandikanira arum / dhuh anggèr suta amba / pun bapa atur udani / bokmanawi têmbe wontên gara-gara //

sukmanira wus anglayang / midêr-midêr tanah Jawi / pratôndha lamun prawira / datan kêna ginagampil / mangke pan wus dumugi / Patiayam adhêdhukuh / manggèn nglêbêting guwa / kang kèsthi sajroning kapti / yun uninga kaprawiraning wong Jawa //

anduga lamun kawawa / angrêgêm ing tanah Jawi / marma anggèr kang prayitna / sampun ngeca-eca kaki / katungkul ulah mukti / têmah wajibe kalimput / mangrêksa amranata / mring kawula gêdhe cilik / pinuriha tata têntrême nagara //

sapintên ta muktinira / nèng ngalam donya puniki / dene ta botên satimbang / kalawan timbangan benjing / mendah ucape wingking / tansah tinêtah nak putu / mula-mula si bapa / mukti wibawa dhèwèki / tan mrêduli arjaning nak putunira //

lali kalap kawibawan / têmahanira kasimpir / arjaning kang ari benjang / anggêr dhèwèke bae wis / mulya wibawa mukti / dhuh anggèr sampun kêbacut / sumôngga kagaliha / arjaning kanang nagari / binudia tata têntrêm lan raharja //

tinêtahakên paduka / ujêr paduka samangkin / upamine kanang wrêksa / gung inggil rêkah ngayomi / mring para kawula lit / dimène antuk pangeyub / ayêma ingkang manah / kayoman paduka sami / pan makatên wajibing mêngku nagara //

gêgaran bêk palamarta / asih lair manrus batin / marang kang para kawula / dhawahing patrap kang adil / ywa kongsi bènèh kasih / têmah bangkit karya rêtu / orêg gègèring praja / numusi karya pêpati / lah punika anggèr dèn kawikanana //

sang dipati duk miyarsa / dahat kapranan ing galih / dhawuhe sang pinandhita / tumungkul asêmu ajrih / sang wiku lingira ris / dhuh anggèr sayoginipun / sumôngga lah kondura / poma pun bapa mêmêling / dipun sagêd ngasta pusaraning praja //

mangkana sang adipatya / kondur mring prajanira glis / tansah ginagas kewala / dhawuhnya sang maha yogi / ginagas angranuhi / rinarasa mawèh trênyuh / saking bramantyèng driya / karsa manyandi mring wukir / Patiayam mariksa sajroning guwa //

--- 1346 ---

tan winarna tindakira / ing Patiayam wus prapti / taliti dènnya mariksa / jro guwa dipun ulati / datan lama kapanggih / anulya tinanya arum / teja-teja lêksana / ki sanak kang nêmbe panggih / miwah wuri ing ngêndi pinangkanira //

kang tinanya saurira / ki sanak wruhanta mami / Baron Sêkèbêr sinambat / asal saking Atasangin / lêlana jajah nagri / kadêrêng ardaning kalbu / têka kêpengin miyat / arjane kang tanah Jawi / Sag Pragola alon dènira ngandika //

ki sanak paran karsanta / yun uninga tanah Jawi / tata arjane kang praja / têka manggon ing asêpi / tangèh bisa udani / yèn arsa wruh lêrêsipun / dumununga nèng kitha / lan manèhe sira mangkin / sun arani gumampang anggarap gampang //

ngancik laladaning liyan / têka tan anyuwun idin / marang kang darbe nagara / puniku kalangkung sisip / mendah lamun udani / mring kang darbe nagri tamtu / tan wurung lamun sira / kasiku kêna ing sarik / bagya lamun namung rinante kewala //

mênèk dinakwa ki sanak / manamur lumaku sandi / saking ayahaning mêngsah / sayêkti tumêkèng pati / dening ukuming nagri / mati rinajah sinapu / Baron Sêkèbêr myarsa / ucape kang laku sandi / pan sakala kabranang sajroning nala //

sumaur asêmu sugal / santak sarwi amacicil / lah sira prêduli apa / anganggu gawe mring mami / nadyan wêruha ugi / mring kang darbe praja ingsun / môngsa dadak wêdia / pira budine wong siji / yêkti tangèh amadhanana maringwang //

pan ingsun gêdhe prakosa / lumrahe wong Jawa cilik / môngsa gôndraa sapira / sanadyan tunggule ugi / yêkti sor dening mami / Sang Pragola manabda rum / lah ki sanak elinga / ywa nyapèlèkkên sasami / giri lusi janma tan kêna ingina //

mêne sun asung wêwarta / wartane dipati ngriki / kang aran Radèn Pragola / iku misuwur lwih sêkti / tanggon lamun ajurit / arang kapupu ing pupuh / digdaya môndraguna / bangkit manjing agal alit / nora têdhas tapak tilasing gorenda //

kondhang kêkêndêlanira / misuwur liyan nagari / akêkês kang para mêngsah / samya asrah pati urip / marma dadya kinasih / kinulit daging sang prabu / Sultan Agung Mataram / mangkya katariman putri / saking gone kêrêp alabuh nagara //

apa ta sira tan ngira / kadi wartaningsun iki / dene anggêgarap gampang / angêpak samèng dumadi / Baron Sêkèbêr angling / sanadyana têguh timbul / pan ingsun datan ulap / angadu jayaning jurit / Sang Pragola ing galih langkung bramantya //

jaja bang mawinga-winga / kumêdut padoning lathi / netra amindha baskara / muntab wajanira gathik / sora manabda wêngis / i babo-babo kumlungkung / Baron Sêkèbêr sira / bangêt dèn ta mêjanani / umbagira kadi nglêlanangi jagad //

baya apa sira mamak / tan arsa kulak pawarti / lamun sun Radyan Pragola / kang kaloka ing ajurit / ya iki warnanèki / marma yèn sira yun hayu / yogya sira nungkula / ing kene sun gawe bêcik / lamun bôngga yêkti sira kari nama //

2. Prangipun Adipati Pragola kalihan Baron Sêkèbêr.

Pangkur

Baron Sêkèbêr sru kagyat / nora nyana lamun rewangnya linggih / ingkang darbe nagri ngriku / nanging tyas datan wangwang / marma nuli ngucap sora i bêgjaku / katêmu kalawan sira / kapasang yogya sayêkti //

kaduga sun ngladènana / sagêndhingmu yêkti tan nguciwani / angadu jayaning pupuh / bramantya Dyan Pragola / tinarajang Baron Sêkèbêr pinêluk / binanting nulya binuwang / sêbrung tibanira têbih //

Sêkèbêr wangsul narajang / tinadhahan wêntala risang kalih / arame pêluk-pinêluk / ukêl okol-okolan / dangu dêdêr-dinêdêr bêkuk-binêkuk / agantya cêngkah-cinêngkah / gênti banting gênti jênggit //

nguwati panyêngkahira / kinapithing Pragola datan mosik / binanting binuwang mamprung / bali mahambêk krura / yitna mulat Sêkèbêr nadhahi gupuh / gapyuk kuwêl kalihira / arame asilih ungkih //

wiwit duk enjang tumêka / wanci lingsir tan ana kang katitih / kalih sami surèng pupuh / gantya buwang-binuwang / gur-jinagur andhupak pêluk-pinêluk / mangkya wayah lingsir andhap / Sêkèbêr manabda aris //

hèh ta Dipati Pragola / ing samêngko karosan tanpa kardi / sayogya ginanti suduk / ing dina benjang-enjang / Sang Dipati Pragola ngandika arum / apa ing sakarêpira / sayêkti kalamun dadi //

kawarnaa enjangira / sang dipati wus samêkta ing jurit / Sêkèbêr mirantos gupuh / angagêm kêre waja / sampun pangguh yun ayunan sora muwus / hèh ta Dipati Pragola / lah ta mara dikawiti //

yogya ngadu kaprigêlan / dènnya samya mangolah ing lêlungit / Pragola asru sumaur / apa sakarêpira / dhininginan Pragola sinuduk luput / kadi nuduk wêwayangan / acukat dènnya ngendhani //

Baron Sêkèbêr akrura / wanti-wanti dènira anuduki / ngangsêg tandangira rusuh / prayitna Dyan Pragola / pinèt lena Baron Sêkèbêr sinuduk / kêni jajanira jola / Sêkèbêr kontal atêbih //

aganti anyandhak tumbak / thik-inguthik kadwi pan samya wasis / tangkis-tinangkis ing pupuh / katikêl kang landheyan / gantya bindi kumitir ing astanipun / Pragola aparis waja / parigêl cukat tarampil //

Sêkèbêr mangayat gada / tinadhahan wêntala sang dipati / akudhung pêparisipun / rosaning kang panggada / kiyat ingkang nadhahi dadya jumêgur / sasat anggonjing pratala / pêparis amubal gêni //

Sêkèbêr asru sêsumbar / lah rasakna Pragola sira mangkin / sida lêbur ajur mumur / amor kalawan kisma / Dyan Pragola mataya nglètèr gumuyu / bramantya Sêkèbêr ngayat / arikat gya pining kalih //

Radyan Pragola tan obah / tuhu lamun pinunjul jayèng jurit / Sêkèbêr manabda asru / lah ta mara malêsa / sun rasakne pira kyating panggadamu / baya ta nora sapira / Pragola kadya sinêbit //

sênggak Dipati Pragola / babo sira Sêkèbêr bosên urip / lah rasakna piwalêsku / tandya mangayat gada / yitna tadhah Sêkèbêr tamèng kêkudhung / jumêgur saingga gêlap / sasat kapyarsèng wiyati // Badhe kasambêtan.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 86, 22 Jumadilawal Taun Ehe 1860, 26 Oktobêr 1929, Taun IV

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1347] ---

Ôngka 86, 22 Jumadilawal Taun Ehe 1860, 26 Oktobêr 1929, Taun IV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Sêsawangan ing Magêlang

[Grafik]

Bilih sampun wancining sêrap srêngenge kados gambar nginggil punika, adamêl sumamaring paningal.

--- 1348 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja, Ind. Arts ing Kudus

Sambêtipun Kajawèn nomêr 85

Mila manawi sêgawon wau dilat-dilat tangan utawi sukuning bêndaranipun ingkang pinuju bêsèt utawi babak kulitipun, utawi sêgawon wau dolanan kalihan lare-lare nyakot tangan utawi sukunipun lare-lare, punika lajêng sagêd nular sêsakitipun dhatêng bêndaranipun utawi lare-lare wau. Manawi sêgawon badhe sakit edan punika katawisipun sakawit manawi dipun cakêti tiyang gêrêng-gêrêng, lan sêgawon wau limrahipun rêmên mojok utawi dhatêng ngandhap lêmari, meja utawi sanès-sanèsipun. Trêkadhang sêgawon wau jugug-jugug, nglunjak-nglunjak dhatêng bêndaranipun.

Sêsampunipun tôndha-tandhanipun sêgawon wau badhe edan saya cêtha, piyambakipun lajêng kesah saking griya trêkadhang kesah têbih sangêt, wêkdal samantên sêgawon lajêng galak sangêt, punapa ingkang pinanggih ing margi, tiyang utawi kewan utawi barang-barang lajêng dipun cakot kemawon, botên purun nêdha têtêdhan ingkang sampun ajêg dados têdhanipun, rêmên sangêt anglêthaki kajêng, bêling, sela utawi sanès-sanèsipun, jujugipun kirang nanging lajêng gêrêng-gêrêng, utawi ambaung, mripat abrit sêmu wontên êrahipun, ilat mèlèt lan mumpluk ing lambe, lampahipun botên jêjêg lajêng kêra, wasana lêmês sênggoyoran ambruk pêjah, punika sêsakit edan ingkang galak.

Ingkang kathah sêgawon sakit edan lajêng lêmês, nglumpruk botên sagêd lumampah lajêng pajah. Tujunipun ingkang kathah sêgawon sakit wau lajêng ambruk, upaminipun kosok-wangsul ingkang kathah sakit galak, iba kathahipun tiyang ingkang kacakot sêgawon edan dados kathah sangêt ingkang kenging sêsakit (lyssa) wau.

Panjagi utawi panulakipun ingkang kacakot sêgawon edan supados sêsakitipun botên thukul saubêngipun tatu, kulit lan daging dipun iris, ananging manawi sanès dhoktêr ingkang ngiris inggih botên sagêd, prayogi tatu wau dipun tètèsi root rookend salpeterzuur sakêdhik kemawon cêkap, utawi mêndhêt gagang rèk dipun têlêsi salpeterzuur lajêng dipun osèr-osèrakên ing tatu wau rambah-rambah, ananging jampi salpeterzuur punika botên têmtu sagêd tulung saèstu, mila prêlu ingkang kacakot enggal kabêkta dhatêng Bandhung. Langkung sae sêgawon-sêgawon dipun sirnakakên, supados botên wontên sêgawon sakit edan.

Ing Singgapura lan ing Selon sampun wontên pranatan botên kenging sêgawon saking sanès pulo utawi nagari lumêbêt ing ngriku (Import verboden). Ing Indhonesiah ngriki rekadayanipun ingkang gadhah sêgawon kêdah ambayar paos,

--- 1349 ---

prêlunipun supados cacahipun sêgawon sagêd suda.

Manut stbl. 302 taun 1915

a. Ing pundi-pundi panggenan ingkang dèrèng wontên sêsakit edaning sêgawon, dipun awisi nglêbêtakên kewan sêgawon, kucing, kêthèk sapanunggilanipun.

b. Ing sanès panggenan, ingkang sampun wontên sêsakit edaning sêgawon, kenging nglêbêtakên salah satunggiling kewan kasêbut ing nginggil, nanging manawi kewan asal saking panggenan ingkang sampun 4 wulan botên wontên sêsakit wau.

c. Kewan-kewan kasêbut ing nginggil asal saking sajawining Indhonesiah, kenging lumêbêt ing satunggil kalih plabuhan Indhia Nèdêrlan, ananging kewan-kewan wau kêdah dipun quarantaine salêbêtipun 4 wulan saprêlunipun.

d. Sêgawon kucing utawi kêthèk ingkang sakit edan utawi ingkang kacakot kewan edan kêdah dipun pêjahi kabêsmi utawi dipun pêmdhêmpêndhêm. lêbêtipun 1 ½ m.

e. Sêgawon ingkang sampun kêmpal kalihan kewan ingkang edan kêdah dipun pêjahi utawi dipun kurung 4 wulan laminipun, wragad-wragad sadaya ingkang nyanggi ingkang gadhah sêgawon.

f. Sêgawon-sêgawon ingkang nyakot tiyang salêbêtipun 5 dintên kêdah dipun pisah (in observatie).

g. Ing pundi panggenan wontên kewan ingkang sakit edan, kêdah sadaya sêgawon ing salêbêtipun apdhèling dipun brangus, utawi dipun cancang mawi tangsul utawi rante ingkang panjangipun sakêdhik-sakêdhikipun 2 m. Sêgawon-sêgawon botên kenging mêdal saking apdhèling.

h. Ing sanès panggenan ingkang botên wontên paos, sêgawon-sêgawon ing ngriku kêdah ngangge penning, prêlunipun sampun ngantos kathah sêgawon ucul-uculan botên wontên ingkang gadhah.

Bab Kagunan

Bab Tiyang Wuta

Saking gotèking ngakathah anyariyosakên bilih tiyang wuta punika kasinungan lantip panggraitanipun tuwin landhêp pangraosipun, mirit saking cariyosipun ingkang sampun sami mariksa kawontênanipun tiyang wuta ingkang sami manggèn ing griya pangupakaranipun tiyang wuta (Blinden Instituut) ing Bandhung, wontên ing ngriku tiyang wuta wau sami kawulang damêl barang bangsaning anam-anaman saking panjatos, dêling tuwin sêpêt, kados ta: kêmarang, kroso, gêblèg bantal, tenggok, cêthing, tepas saha dhadhung sapanunggilanipun. Malah ing kalawarti Kajawèn utawi Panji Pustaka sampun nate ngêwrat gambar kawontênanipun taman pustaka: (Bibliotheek) kangge tiyang wuta ing nagari Walandi,

--- 1350 ---

wondene wujudipun aksara tumrap tiyang wuta punika cêcêg-cêcêg mundul utawi bolong, pamaosipun sarana kagrayang, ingkang makatên wau mrantandhakakên bilih tiyang wuta punika lantip panggraitanipun tuwin landhêp pangraosipun, sagêd anampèni piwulang ingkang salaras kalihan kawontênanipun.

[Grafik]

Ing mangke gêntos nyariyosakên kawontênanipun ing karaton Surakarta, Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. X. angapdèkakên tiyang wuta, kawastanan abdi dalêm mêtêngan, wontên ingkang kaparingan pangkat lurah, bêkêl tuwin jajar, mênggah padamêlanipun siyang saha dalu, sowan utawi caos, malampah utusan, punapa malih andhèrèk Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana manawi têdhak pêpara dhumatêng pasanggrahan. Kajawi punika wontên ingkang kadhawuhan sinau nabuh tokêl orkès, (Tokkel orkest) saha sampun sami sagêd. Sarêng ing sapunika modhèl jèsbèn (Jazzband) ugi sami kadhawuhan ajar, ing samangke ugi sampun sami sagêd, saha sampun nate kapitongtonakên wontên ing Sriwadari, abipraya, pêkên dalu saha Sakatèn ing Surakarta tuwin pêkên darma Subakarti ing Samarang, punapa malih asring wontên kaparêng dalêm kaparingakêng tabuhan wontên ing dalêmipun para putra santana dalêm ingkang sami kagungan parlu.

Wondene pratelan nama saha pangkatipun abdi dalêm mêtêngan tuwin panuntun kados ing ngandhap punika:

1. Lurah atma tan dulu | 2. Jajar wignya tan liring | 3. Jajar wignya tan idhêp | 4. Jajar wignya tan soca

--- 1351 ---

5. Jajar aruta

Mêtêngan ingkang nabuh jèsbèn:

1. Bêkêl wignya tan miyat | 2. Jajar swara tan awas | 3. Jajar swara tan priksa | 4. Jajar swara tan aksa | 5. Jajar swara tan ninga | 6. Jajar Swara tan netra | 7. Pasindhèn èstri, swara tan mèksi.

Panuntun:

1. Bêkêl wignya panganthi | 2. Jajar dibya panganthi | 3. Jajar naya panganthi | 4. Jajar wira panganthi

Lurah atma tan dulu, saha swara tan priksa, tuwin wignya tan ninga ingkang mangke sampun kapènsiun, sami sampun nate kadhawuhan sinau damêl barang anam-anaman wontên ing Bandhung, ugi sampun nate kapitongtonakên Sakatèn ing Surakarta.

Kasêbut gambar punika kawontênanipun abdi dalêm mêtêngan jèsbèn.

Raos Jawi

Katêntrêman

Sintên ingkang badhe ruwat ing sadosanipun: amaliha dados lare alit malih, têgêsipun hawa napsunipun kapindhakna lare alit, kados ta budi anangis ngayang-ayang, nanging sagêd kèndêl dipun ênêng-ênêngi pisang saulêr, utawi kretan kulit jêram, kapalan papah pisang. Kados makatên pêpindhanipun, nanging punapa tiyang sêpuh inggih kêdah linipur: kapal kepang, anggêr sagêd anglampahi lan sagêd andadosakên pamarêming manah anarimah: inggih sakalangkung utami, dene êmpanipun tiyang sêpuh: kêdah kêpêksa malih lare alit malih punika tiyang sêpuh ingkang sampun kapêsan budidaya, liripun: sugih, botên singgih: inggih botên guna: ugi botên, sanadyan anggadhahana kagunan, nanging sampun botên wontên pangaosipun, punika ingkang kêdah lajêng malih kados lare alit, insya Allah amêsthi kalis saking saliring pandamêl piawon, sabab tuwuhing piawon punika wêwinihipun botên wontên malih kajawi namung saking pangrêbdanipun kaardaning budi. Mênggah lêlipuring budinipun tiyang sêpuh punapa inggih: kretan kulit jêram, tuwin pisang saulêr. Mêsthinipun inggih botên ta: yèn kados makatên: mênggahing tiyang sêpuh punika: nêng-nêngipun inggih: sêkul lêmês, bêsêngèk tempe kaduk sarêm, utawi gêrèh tongkol kakumbah wedang, lajêng dipun pès lan kalapa bumbu opor. Sêkul lêmês prêlunipun babar, pepesan gêrèh: awèt. Tuwin anglênggahi raosing asêpuh, mamah sampun botên sagêd lêmbat, [lê...]

--- 1352 ---

[...mbat,] sagêdipun angraosakên: namung asin, pangangge: sarung lurik sampun masêm, rasukan kuthungan montên makao, kupluk cêmêng, sênthong kêpering dunungipun, dolananipun: wangkil, arit, sapu, sambènipun maos buku-buku têpa palupi. Anggêr têtêp lan mantêp ing manah sabar santosa, katêntrêmaning gêsangipun sampun pêsthi prasasat ngancik korining swarga kantun: blêngipun kemawon.

P.

Panggulawênthah

Papan Pangupakaraning Lare (Jeugdzorg) ing Bogor

Kala tanggal 17 malêm 18 Oktobêr ingkang kapêngkêr punika, ing papan pangupakaraning lare ing Bogor, dipun wontênakên pahargyan minôngka amèngêti taunipun ingkang angadêgagên papan pangupakaraning lare wau, inggih punika panjênênganipun Nyonyah Schmutzer, garwanipun Paduka Tuwan Dr. Schmutzer, lid polêksrad, sawatawis dintên sadèrèngipun kawontênakên pahargyan kasbut nginggil, dipun wontênakên dintên panyadean sêkar, têgêsipun: ing dintên punika kathah para kênya tuwin para jêjaka sami sade sêkar, ingkang angsal-angsalanipun rêsik, kadarmakakên dhatêng papan pangupakaraning lare wau. Sanadyan wontênipun papan pangupakaraning lare wau sayêktosipun ngêmungakên kangge lare-lare bôngsa Eropah, ewasamantên kathah para mudha Indhonesiah, kados ta: para pandhu Jong-Java ingkang ambantu sade sêkar. Kajawi punika, ingkang mrêlokakên darma arta sarana anumbasi sêkar-sêkar wau, botên namung bôngsa Eropah kemawon, sanadyan têtiyang bôngsa Indonesiah ugi botên purun kantun. Ingkang makatên punika, sababipun botên sanès, jalaran saking sae saha agênging pigunanipun papan pangupakaraning lare wau. Murih para maos sagêd anguningani kawontênanipun papan pangupakaraning lare ing Bogor, ing ngriki kados prêlu angandharakên sawatawis, inggih punika kados ing ngandhap punika:

Ing nginggil sampun kacariyosakên, bilih ingkang ngadêgakên papan pangupakaraning lare wau, panjênênganipun Nyonyah Schmutzer, saha adêgipun kala wulan Agustus taun 1927, mênggah sêdyanipun ing sakawit, ngêmungakên badhe ngopèni tuwin ngupakara lare-lare anakipun para Walandi, ingkang kapintên, punapadene anakipun para Walandi ingkang kacingkrangan. Mênggah pikajênganipun kacingkrangan wau, botên amung kêkirangan mênggahing pangupajiwanipun, nanging ugi atêgês, kêkirangan wêkdal ingkang anjalari botên kadugi ngopèni utawi ngupakara anakipun piyambak. Kados ta: opsir laut, opsiring prajurit dharatan, cêkakipun têtiyang ingkang padamêlanipun tansah botên sagêd [sa...]

--- 1353 ---

[...gêd] têtêp wontên ing satunggiling panggenan, kawêwahan semahipun sampun tilar, punika sampun kenging katêmtokankatêmtokakên. manawi botên badhe sagêd ngupakara anakipun. Wontênipun papan pangupakaraning lare kados ing Bogor, nama satunggiling kauntungan agêng tumrap têtiyang ingkang padamêlanipun kados ingkang sampun kacariyosakên ing nginggil wau, awit pun bapa lajêng sagêd têntrêm manahipun, jalaran sagêd amêsthèkakên, yèn anakipun botên badhe kapintên lan wontên ingkang tansah anjagi punapa samêsthinipun.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar griya tuwin sêkolahanipun probêl sêkul ing papan pangupakaraning lare ing Bogor. Dene nyonyah kalih ingkang katingal lênggah jèjèr, ingkang kiwa Nyonyah Schmutzer ingkang têngên Nonah Bosch, dhirèktrisênipun ing ngriku.

Mênggah lare-lare anakipun Walandi, ingkang kapintên lajêng sagêd dipun upakara wontên ing papan pangupakaraning lare ing Bogor wau, pancèn inggih pantês dipun alêmbana sayêktos, awit sintên tiyangipun ingkang botên wêlas dhatêng anak-anak Walandi ingkang kêlambrangan wontên ing kampung-kampung, sawênèh wontên ingkang lajêng dipun upakara dening tiyang kampung. Sanadyan gêsangipun sinyo-sinyo wontên ing kampung botên kados samêsthinipun, ewasamantên manawi kapandhing kalihan sanès-sanèsipun, inggih mêksa kenging dipun wastani sakeca, awit ingkang kathah sok malah lajêng dados lare urakan. Kadospundi kadadosanipun ing têmbe, ing ngriki botên prêlu kacariyosakên. Wontênipun lare-lare anak Walandi ingkang kapintên wau, sawênèhing tiyang

--- 1354 ---

sami anglêpatakên dhatêng para Walandi, ingkang lajêng kadakwa namung adamêl dêdolanan dhatêng wanita Jawi, têgêsipun: wanita Jawi wau namung kangge tambal bêtah, manawi sampun bosên, sanadyana sampun gadhah anak, inggih lajêng dipun bucal kadosdene sêpatu bodhol kemawon. Sanadyan pandakwa wau wontên lêrêsipun, nanging inggih botên sadaya. Awit kathah kemawon anggènipun nilar anak saêmakipun pisan punika, jalaran saking botên kacêkapanipun. Samangke punapa botên nama kauntungan agêng sangêt, dene lare-lare makatên sagêd dipun upakara wontên ing Bogor wau.

[Grafik]

Lare-lare ingkang sawêg sami dipun wulang dolanan.

Makatên ugi tumrap lare-lare anakipun Walandi ingkang kacingkrangan mênggahing pangupajiwanipun, kados inggih prêlu dipun upakara wontên ing ngriku, murih sagêdipun angsal pangupakara tuwin panggulawanthah ingkang sae sayêktos.

Supados panjaginipun lare-lare ingkang dipun upakara wontên ing ngriku sagêd tumindak kanthi sae, sampun têmtu inggih lajêng ngawontênakên punggawa-punggawa èstri ingkang wajib dipun pasrahi padamêlan wau. Murih sadaya padamêlan sagêd dipun garap piyambak, wiwit wulan Sèptèmbêr taun 1928, punggawa-punggawa èstri wau sami dipun wulangi padamêlan-padamêlan ingkang prêlu tumrap kabêtahanipun tiyang èstri, kados ta: olah-olah, andondomi, mêrban lan sasaminipun. (Badhe kasambêtan)

--- 1355 ---

Jagading Wanita

Bangsaning Janganan sarta Gêgodhongan ingkang Sapele, nanging Raosipun Miraos

1. Jangan bomong (bombrong)

Janggêl ingkang taksih ênèm dipun rajang. Abênipun, rêp-rêpan tempe waras, pête sarta rese.

Dipun bumboni: sarêm, traos, lombok, salam laos, brambang bawang, gêndhis Jawi, tempe bosok, sadaya dipun ulêg. Santênipun kêdah milih klapa ingkang ênèm, sarta ampasipun dipun katutakên.

2. Jangan bênce

Kangkung dipun êrêp, abênipun kadhêle cêmêng.

Dipun bumboni: sarêm, traos sakêdhik, brambang bawang, gêndhis jawi, asêm, salam laos, godhong jêram purut, kunci, dipun ulêg, dipun santêni klapa sêpuh, (ampasipun klapa dipun bucal), botên mawi lombok.

3. Jangan padhamara

Kangkung dipun êrêp, abênipun rêp-rêpan ulam daging.

Dipun bumboni: sarêm, traos, gêndhis jawi, asêm, kêncur lan sunthi, salam laos, godhong jêram purut, dipun ulêg, dipun santêni klapa sêpuh (ampasipun klapa dipun bucal), botên mawi lombok.

4. Jangan lompong

Godhong lompong dalah gagangipun pisan (bangsanipun kimpul) ingkang taksih ênèm, dipun êrêp, lajêng dipun alub-alubi rumiyin, sasampunipun dipun alub-alubi lajêng dipun godhog malih, abênipun kadhêle cêmêng.

Dipun bumboni: sarêm, traos sakêdhik, gêndhis jawi, asêm, salam, botên dipun santêni, sarta botên mawi lombok.

5. Brubus

Godhong lompong dipun godhog, abênipun kadhêle cêmêng.

Sasampunipun lajêng dipun ulêt kalihan parudan klapa. Ulêt-ulêtan wau dipun bumboni: sarêm, traos, gêndhis jawi, brambang bawang. Pandhaharipun amrih sêgêr sarana lalab lombok jêmprit.

Brubus punika panggodhogipun botên prêlu kathah toyanipun, awit botên ambêtahakên duduhipun.

6. Sambêl cabe

Cabe ingkang cêkapan (dèrèng kasêpuhên), dipun kukusakên ing liwêt. Dipun bumboni, sarêm, traos, lombok, sadaya lajêng dipun ulêg.

7. Godhong krokot, eca kagudhang

Gudhangan wau langkung maedahi sangêt katêdha dening tiyang ingkang mêntas katrajang sêsakit bêntèr tis (bangsaning bêntèr). Ngiras kangge jampi.

8. Godhong banci. Kakêla bêning. Jangan bêning banci [ba...]

--- 1356 ---

[...nci] punika kenging kangge jampinipun tiyang ingkang gadhah sêsakit padhararan,padharan. bangsanipun mrongkol tincatinja. mangkêlang, dados sagêd nglêmêsakên padharan.

9. Godhong luntas, kajawi kagudhang utawi kangge gangsiran, kenging kangge jampi bangsaning kasliyo. Patrapipun, godhong wau kapipis lêmbat, dipun abêni sarêm lan adas pulawaras. Lajêng dipun templokakên pundi ingkang kraos sakit.

10. Godhong pace. Kenging kagudhang. Sarta kenging kangge jampi bangsaning sêsakit padharan kêsbung.kêmbung. Patrapipun, godhong pace wau dipun panggang ingkang ngantos alum, sêsampunipun lajêng dipun lisahi klêntik. Lajêng katapêlakên ing padharan ingkang kêmbung. Ingkang kathah namung tumrap dhatêng lare-lare kemawon.

Wasana manawi wontên kêkiranganipun kula sumanggakakên dhatêng para ingkang ambêtahakên.

Taklim kula: R. Roro Wakirah Dirjasubrata, p/a R. M. B. Dirjasubrata.

Kêtandhan, Klathèn.

Waosan Lare

Kasugihaning Tiyang Cêthil (Cariyos Hindhu)

Karanganipun Sitadèwi

III.

Sunaripun ingkang rêmêng-rêmêng namung anjalari pêpêtêng ing sakubêngipun kêtingal saya ngajrih-ajrihi, dalasan para pandung sami ajrih ngambah panggenan wau. mila Dhinabandhu kraos sangêt gêgriya ing ngriku nênggani kasugihanipun ingkang tanpa wicalan.

Ananging kawontênan ing donya punika botên ajêg, Dhinabandhu badhe manggihi rêribêd. Anakipun Satyabati dados rôndha, sarèhning sampun botên wontên sadhèrèking êmbokipun ingkang sagêd suka pitulungan malih, Satyabati lajêng wangsul dhatêng griyaning bapakipun. Êmbahipun èstri tuwin bapa pamanipun sampun sami tilar donya.

Dhatêngipun Satyabati botên piyambak, anakipun nama pun Balahi umuripun pitu utawi wolung taun, botên kantun. Nalika Dhinabandhu sumêrêp lare wau sapisanan, jalaran saking sangêt muringipun ngantos kados tiyang ewah. E, dene têka wontên anak setan dhatêng tanpa sangkan badhe ngaru-biru katêntrêmaning gêsangipun. Ananging badhe kadospundi malih, awit Satyabati anakipun piyambak, lan Dhinabandhu rumiyin sampun kulina ngopèni, mila wangsulipun Satyabati punika botên patosa andadosakên prihatosipun. Malah wragadipun Satyabati ing sapunika badhe suda tinimbang ingkang sampun-sampun, jalaran sapunika rôndha lan sadintên namung

--- 1357 ---

badhe nêdha sapisan tur botên mawi ulam. Kajawi punika Dhinabandhu sampun ngancik sêpuh sarta kêcandhak ing sakit balung, kadhangkala sadalu muput gêrêng-gêrêng saking sangêt sakitipun, tangan sukunipun botên kenging kangge ebah, mila bok inggih badhea pêjah kasatan, botên pisan-pisan sagêd kumlawe mêndhêt toya piyambak ing gêlas kangge ngombe. Tiyang-tiyang sami ngrêmbagi ngingaha rencang, jalaran ing dhusun ngriku mirah rencang, cêkap dipun ingoni kalihan dipun balônja kathah-kathahipun kalih utawi tigang rupi. Nanging Dhinabandhu botên purun kanggenan tiyang ing salêbêting griya, jêr botên sumêrêp sintên ingkang kenging dipun pitadosi. Samênggah rencang wau lajêng nginggatakên arta angsal-angsalanipun nyèlèngi sadangunipun gêsang gèk kados pundi. Sakita kados punapa inggih dipun têmah tinimbang kecalan arta celenganipun punika. Ananging anakipun piyambak pun Satyabati kenging dipun pitados, anggènipun ngupakara bapakipun mêsthi langkung sae tinimbang rencang, tur botên badhe nêdha arta minôngka pituwasing rêkaosipun. Utawi malih panêdhanipun botên kathah kados rencang, mila sarêng kamanah panjang Dhinabandhu malah bingah dene anakipun wangsul malih.

Dhinabandhu mêdal saking griya, lampahipun ngatos-atos, nglumpati ri-ri tuwin kewan-kewan ingkang sami pating grêmêt ing pakaranganipun, tandukipun gita amêthukakên anakipun. Wicantênipun: Kene mlêbua ênggèr, sapira bungahku dene aku isih bisa mênangi dina iki. Nanging Gusti Allah mula maha wikan.

Satyabati mangsuli radi kêmba: Pamuji kula mugi bapak botên kirang satunggal punapa. Kesah kula kêsêsa sangêt, dados botên sagêd ngaturi kabar rumiyin.

Dhinabandhu gadhah pangintên anakipun badhe ngêdalakên luh carocosan, ingkang punika badanipun piyambak nyobi ngêdalakên luh ing sawatawis. Mila kados punapa ngungunipun sarêng sumêrêp tanduking anakipun, Satyabati sakêdhik kemawon botên nangis, awit susahing manahipun ingkang jalaran katilar pêjah dening tiyang jalêr botên sapintêna manawi katimbang kalihan wirangipun, dene kêpêksa wangsul dhatêng griyaning bapa ingkang makatên punika.

Wicantênipun Dhinabandhu: Bok aja ngadêg ing dalan ta ênggèr, mlêbua, lan wong iku opahana. Kowe rak iya duwe dhuwit kanggo ngopahi, ta.

Anakipun mangsuli cêkak: Inggih gadhah. Gèk mêdhuna Balahi, kowe ana ing dhokar bae iku lagi apa.

Balahi mêdhak kalihan nyangking buntêlan. Bêbêktan sanèsipun, inggih punika pêthi tuwin patilêman sami kaêdhakakên dening kusir. Dhinabandhu sarêng sumêrêp pun Balahi lajêng ajrêbabak saking nêpsunipun, jalaran larenipun sawêg sumêga sarta sawêg nakal-nakalipun, têmtu lare wau nêdhanipun kathah sangêt, lan sabên dintên nyuwèkakên panganggènipun, jalaran kangge pêplajêngan sarta lêlumpatan. Badhe kasambêtan.

--- 1358 ---

Rêmbagipun Sêmar, Garèng, lan Petruk

Bab Lêlampahan ingkang Nganèh-anèhi

Sêmar : Ora, Truk, kajaba sing wis kok caritakake nyang aku ing ngarêp, apa ana bab liya-liyane sing kok wêruhi sajrone kowe lêlungan, kang kok anggêp apik, lucu utawa nganèh-anèhi tumraping umum.

[Grafik]

Petruk : O ana, Ma, lêlakon sing pancèn nganèh-anèhi têmênan, kang sajêge aku kêthip-kêthip ana ing donya, durung tau mênangi. Ana manèh tumrape wong sing kudu nglakoni, wadhuh, sida rêmuk, ewadene yèn aku ditari dikon anglakoni, sanadyana nguthut bakal dikêpruk munthu lan cowèk dening Makne Kamprèt, mêksa daklakoni kanthi sêmranthal.

Garèng : Wah, êndhasku nganti krasa wêng-wêngan kaya wong sing mêntas ngumbe jênewêr sasopi, ewadene pikiranaku mêksa ora nyandhak mungguh ing kandhamu mau. Nèk jamana purwa mêngkono, aku iya banjur nyandhak bae, yaiku lakune wong sing arêp alaki-rabi, sanadyan wis wêruh yèn sadurung-durunge bakal rêkasa bangêt, iya mêksa dilakoni bae. Kowe rak iya kèlingan ta Truk, kalane Bêndara Sêdewa arêp krama. Pirang dina, pirang sasi utawa pirang taun anggone tansah tapa bae. Têmtune salawase kuwi iya ora tau dhahar: gadho-gadho, mihun, capjae, thimlo, ba...

Sêmar : Wiyah, sanadyana ora lagi tapa pisan, nèk Bêndara Sêdewa kuwi iya ora tau dhahar capjae, thimlo lan sapêpadhane, kok dipadhakake cangkême dhewe bae. Mara, Truk, caritakna mungguh lêlakon sing kok anggêp nganèh-anèhi mau.

Petruk : Sabênêre ngono, ana ing sawijining panggonan-jênênge panggonan mau ora prêlu dak kandhakake-aku mênangi priyayi [priya...]

--- 1359 ---

[...yi] kagungan gawe mantu. Lha, kuwi cara-carane nêmokake pangantèn, gawe bingunging pikiranaku, awit warna-warna sing ditindakake. Ya cara Jawa, cara santri, cara kuna, cara modhèrên, cêkake kabèh mau dicampur dadi siji, sajak sênenjong godhog kae.

Garèng : Ora, Truk, ing sarèhning cara-carane sing ditindakakê mau anyênenjong godhog, têmtune tamune ya nyara yangko-yangko.

Sêmar : E, kok malah banjur saya sêmbrana. Bokmanawa karêpe Garèng mau ana bênêre, mung le ngucapake kaliru. Saka bêciking priyayi sing kagungan gawe mau, sarèhning sing diaturi anjênêngi ing kono golongan warna-warna, ya bôngsa Jawa, santri, priyayi kuna utawa manèh bangsaning têlèk, murih gawe sênênging kabèh, cara-carane sing ditindakake iya banjur rupa-rupa didadèkake siji. Lho, mêngkono kuwi pangiraku, ewadene, mara Truk, caritakna sing sabênêre.

Petruk : Mungguhing anane tamu, mula ya bênêr kaya pangandikamu, pancèn iya warna-warna golongan têmênan, nanging rak iya ora mêsthine banjur nganakake cara pirang-pirang dicampur dadi siji. Kaya ta: aku bisa ngarani cara Jawa, awit ing kono dianani gamêlan.

Larèng:Garèng:. Wathathithah, tujune aku ora melu kondangan, ajaa, aku rak ora kuwat ngêmpêt pacakku gulu.

Sêmar : Wiyah, kowe mono, aja manèh krungu unining gamêlan, lagi krungu tanggane andêdolani anake nganggo digamêli cangkêm bae, anggone anjogêd ngalêtêr nganti midak anake sing lagi barangkangan. Ora, Truk, saiki caritakna sing kok anggêp nyara santri, kuwi jalaran saka apa.

Petruk : Sing dak anggêp cara santri kuwi, jalaran mas kawine awujud Koran.

Sêmar : Lho, kuwi ya bênêr yèn cara Islam, sanadyan ta ora pati lumrah dianggokake. Nanging nèk saka pangiraku, kaliru yèn mas kawine mau awujud Koran. Mungguhing panêmuku Koran mau sajatine mung ginawe pasêmon, yaiku: supaya pangantèn lanang mulangi ngaji marang sing wadon nganti sakatame. Dadi yèn pangantèn wadon durung bisa katam pangajine, sing lanang iya tansah nanggung mas kawine bae. Lha, saiki sing kok arani cara kuna, kuwi kêpriye.

Petruk : Anggonku ngarani nembak cara kuna, sing kagungan gawe mantu mau, têka ngagêm nyamping truntum, kiyi rak cara kuna dêlês, karêpe: anuntumake atine pangantèn lanang lan pangantèn wadon, cikbèn bisa rukun lan atut, kajaba iku carane têmuning pangantèn isih nganggo balang-balangan gantal barang kae. Apa kiyi dudu cara kuna.

Sêmar : Iya bênêr yèn cara karo-karone iki miturut adat kuna. Ewasamono kowe lan aku ora wajib anyaruwe, mêngko mundhak andadèkake sêlang-surupe liyan bae. Luwih bêcik caritakna sing kok anggêp cara modhèrên.

--- 1360 ---

Petruk : Sing tak anggêp cara modhèrên, ya kuwi mangkene: lha wong anglakèkake anake wadon, kok dicara kaya wong adol omah sapakarangane bae, dadi nganggo disaranani prajangjian notaris barang.

Garèng : Wah, lha kiyi modhèl anyar têmênan, upama diunèkna ora ngandêl mênyang kwasaning Pangeran, kiraku kalakon ngajak bubut-bubutan brêngos têmênan. Ha mara, sadurung-durunge kok wis kuwatir yèn anake wadon bakal disiya-siya dening sing lanang, tandhane sadurung-durunge wis dianani pagêr luwih dhisik.

Sêmar : Lho, wêruha, Rèng, samono katrêsnane wong tuwa mênyang anake. Ingatase jênêng priyayi rak iya mokal yèn ora ngrêtia, nèk tumraping pranatan alak-irabi nyara Islam, prajangjian notaris mau ora ana kango gawene, ewadene mêksa ditindakakê, kiraku mung kanggo mêmêdèni bae.

Petruk : Kajaba kuwi, Ma, sarèhning cara warna-warna dicampur, iya banjur nuwuhake lêlakon sing lucu-lucu. Rama têmtune priksa dhewe, yèn pangantèn têmu kuwi, ora ngêmungake mas kawine mèlu digawa, nanging yèn ing kono disadhiyani gamêlan, iya kudu ditabuh minôngka pakurmatan. Mara, apa iya ora lucu bangêt, Koran kuwi rak dianggêp kitab suci, sauwonga yèn arêp nyêkêl kudu sêsuci-wulu-dhisik. Ing kono dupèh lagi dadi maskawin, jêbul digala ganjuri. Apa iya ora ma...ti...a...ku.

Sêmar : Wiyah, wiyah, kaliruning wong kang tanpa disêngaja, bok aja diwêlèh-wêlèhakê, mundhak agawe ora kapenak bae, wis, wis, dilèrèni samene bae.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat Kabar Sanès

Miturut pawartos, kuli ingkang amêjahi Nyonyah Landzaat botên èstu katrapan ukum gantung ing tanggal 25 ing wulan punika, ananging pangukumipun wau kadhawahakên ing tanggal 26.

Manawi dipun tingali sagêbyaran, sajakipun anyênêngakên, dene gêsangipun dipun wêwahi sadintên malih, nanging tumrap ingkang nglampahi, salêrêsipun satunggiling ukuman ingkang agêng sangêt, awit ing wêkdal punika manahipun têmtu tansah nratab kemawon.

Jalaran saking panêdhanipun pabrik sigarèt: Muriya: dening juragan-juragan rokok krètèk ing Kudus samangke dipun êdêgakên pakêmpalan.

Miturut pêpajênganing rokok krètèk, ingkang samangke sampun sagêd sumêbar ing saindênging tanah Indhonesiah, adêging pakêmpalan wau pantês ingalêmbana, awit salajêngipun badhe ngicalakên anggèning sami tansah jor-joran panyadening dêdaganganipun, nanging lajêng sagêd sarujuk anggènipun nêtêpakên rêrêgènipun, ingkang makatên wau têmtu saya badhe amêwahi kauntunganipun.

Wontên kabar, bilih para punggawa S.S. ing têlasipun taun punika, badhe sami angsal prêsèn saking bêbathènipun panggaotan kathahipun sapalihing blônja.

Lho, punika sawêg kabar, sampun lajêng dipun jagèkakêrjagèkakên. rumiyin, mangke dèrèng-dèrèng gèk lajêng main bon kemawon.

Wiwit tanggal 22 punika, pangadilan yustisi wiwit mriksa prakawisipun Walandi nama: M. Leyte, masinis pabrik ès, ing Pêtojo (Wèltêprèdhên), mênggah kalêpatanipun makatên :

--- 1361 ---

Ing wulan Marêt taun 1926 ing salêbêtipun kamaring griyanipun ing Majagêdhang, kabupatèn Karanganyar, Walandi wau sampun amêjahi pangaritipun nama: Sêtrakrama. Langkung rumiyin pangarit wau, tanganipun kalih dipun tangsuli mawi kawat tosan, salajêngipun nuntên dipun banting ing siti. Sasampunipun lajêng kacêpêng githokipun saha dipun thuthuk mawi palu ing sirahipun, dene sukunipun dipun cêpêngi dening tiyang nama Somaharja. Jalaran saking dipun pilara makatên wau, pun Sêtrakrama dados tiwasipun.

Kadospundi ukumanipun Walandi, ingkang gadhah bêbudèn kewan wau, namung pasrah dhatêng ingkang wajib, anggêr lajêng botên wontên swara: nalika samono Lônda mau pikirane miring.

Saking Bandhung Aneta martosakên, bilih pangagêng wadyabala dharatan angsal tilgram saking Acih, ingkang anyariyosakên, kalanipun dipun wontênakên patroli ing tanah Dhayu, sêrsan Mênadho nama Sondak dipun prêjaya dening satunggiling pranteyan, ingkang kala punika soroh amuk.

Ing ngriku botên katêrangakên, sabab-sababipun dene pranteyan wau soroh amuk. Ewasamantên nama mokal manawi tanpa sabab babar pisan, têmtunipun: yèn wontên kukus inggih wontên latunipun. Mugi-mugi tuwuhing soroh amuk wau, sampun ngantos jalaran saking anggêpan, bilih pranteyan punika dede tiyang.

Sêrat kabar Sum. Post martosakên, bilih pangadilan ing Binje andhawahakên ukuman kunjara 15 taun laminipun dhatêng satunggiling tukang toya, ingkang dèrèng dangu punika sampun amêjahi gundhiking satunggilipun Walandi. Mênggah sababipun dene gundhik wau dipun pêjahi, jalaran saking bêngisipun.

Sanadyan ingkang pinêjahan wau tiyang èstri, dados tiyang ingkang botên gadhah kêkiyatan lan daya punapa-punapa, ananging ing sarèhning namung nama gundhik kemawon, inggih botên adamêl gègèring jagad.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 3674 ing Bayalali. Kintunan tumrap sadhèrèk M. Siswasudira lakar dipun sêtop, krana bayaranipun dèrèng dhatêng.

Agèn nomêr 3139 ing Sidaharja. Sadhèrèk Sudarma dèrèng ambayar. Manawi botên enggal kakintunan, panjênêngan botên sagêd pikantuk gratis Kajawèn.

Aggèn nomêr 310 ing Cawas. Wisêl, f 11.38 sampun katampi. Lêngganan nomêr 2746 kwartal punika kirang f 1.- krana ing wulan Juli namung ambayar f 1.50, botên f 3.-.

[Grafik]

Kados ingkang sampun kawartosakên ing sêrat-sêrat kabar dèrèng dangu punika, bab ura-uranipun ing Palèstina, inggih punika cêcongkrahanipun bôngsa Arab kalihan bôngsa Yahudi, ingkang dados sabab namung bèncèng kajêng ing pamanggih babaganing agami. Dene gambar sasisih punika pulisi sawêg nindakakên anggledhah dhatêng bôngsa Arab, dipun kuwatosakên bok bilih ambêkta dêdamêl.

--- 1362 ---

Wêwaosan

Sirwenda lan Danurwenda

Anggitanipun Muhammat Dohiri

2

[Pangkur]

saking rosaning panggada / kiyating kang nadhahi têmah dadi / pêparisira amurub / mubal ingkang dahana / kantar-kantar têkèng ngawiyat sumundhul / sasirnaning kang dahana / Sêkèbêr nglètèr sêsirig //

pan sarwi gumuyu latah / sora muwus: hèh Pragola sirèki / tan patut lawan wujudmu / rosa panggadanira / pantês lamun kaloka sura ing pupuh / lah ta mara rasakêna / pamalêsku pisan iki //

angêtog ing kasudiran / gya ingayat Sêkèbêr gadanèki / tinon ngajrihi kalangkung / anglir Batharakala / abramantya bawana arsa linêbur / netra apindha baskara / sumorot ngajrih-ajrihi //

wêntala Radyan Pragola / tinadhahan jumêgur kapiyarsi / ngumandhang kadya galudhug / sasat ingkang bantala / angêndhêlong saking soraning pamupuh / miwah kiyating panadhah / marêntul karingêt gêtih

ngalètèr Radyan Pragola / cukat dènnya mangayat gadanèki / Sêkèbêr winalês gupuh / rikat saengga kilat / katalompèn Sêkèbêr panangkisipun / jumêblès pêparis sigar / mancêlat kasingsal têbih //

Sêkèbêr kalangkung duka / tandya sinawatkên gadanira glis / acukat ing endhanipun / têmah kontal kasingsal / nulya nyandhak pêdhang kumitir sumiyut / kumilat gya tinadhahan / tamèng bêlah dadya kalih //

trangginas Pragola nyandhak / pêdhangira munggwing asta kumitir / tangkis-tinangkis ing pupuh / angsêg-mangangsêg gantya / pating krêncling kapyarsa suwaranipun / katikêl samya binuwang / akuwêl asilih ungkih //

agahan kakah-kinakah / rame cêngkah-cinêngkah kih-ingungkih / kukuh bakuh luk-pinêluk / êkol ukêl-ukêlan / gantya dêdêr-dinêdêr bêkuk-binêkuk / kuwêr awor wêl-uwêlan / gêgulung kadya gêguling //

jugrug agraning kang arga / Patiayam kambah ramening jurit / wrêksa rubuh kabarubuh / bosah-basih balasah / Sang Sêkèbêr sariranira marlêsu / susah lêsah kasasayah / anggung katindhih kajodhi //

samana wus asar andhap / datan ana suka ngalah sawiji / walsingsal kêkalihipun / ngaso kang bôndawala / sora nabda Baron Sêkèbêr lingnya rum / hèh ta Rahadyan Pragola / satuhu sira linuwih //

mêne ingsun arsa minta / marang sira sumêne kalih warsi / benjang tinutugkên pupuh / angrok abôndawala / ingsun arsa ngalaya nêruskên laku / arsa uninga arjanya / nênggih ingkang pulo Jawi //

Pragola aris wuwusnya / iya bêcik apa sakarsanèki / anulya kêkalihipun / samya sowang-sowangan / kunêng mangkya Sêkèbêr ing karsanipun / ngaso sawatara dina / anèng Patiayam malih //

nuju ing ari sajuga / midêr namur Sêkèbêr anèng nagri / kapengin wruh arjanipun / dupi prapta ing desa / ing Kêmiri dahat sukane kalangkung / dene asrine kalintang / marmanta kêpengin ngalih //

3. Baron Sêkèbêr pinanggih kalihan Rara Suli.

kocapa mangkya winarna / ing Kêmiri ana rôndha sawiji / darbe suta langkung ayu / wayah sampun diwasa / cahyanira umancur kadi sutèngsu / dêdêgnya waringin susang /sungsang. sarira gilig aramping //

waja gilap nglaring kombang / gilar-gilar pipi durèn sajuring / rema mêmak ngêmbang bakung / lathi manggis karêngat / grana rungih netra kocak mawèh wuyung / alis irêng ngroning imba / athi-athi ngudhup turi //

jangganya angolan-olan / pakulitan kuning anêmu giring / anggandhewa astanipun / pambayun ngênyu dênta / renanira dahat kasok trêsnanipun / sutanya ginadhang-gadha /ginadhang-gadhang. kinakudang andharindhil //

sapa ayu kaya sira / dhasar kuning wingwing amêrak ati / remanta kang ngêmbang bakung / adate nora wangkal / wêdi marang wong tuwa ambangun turut / alis irêng ngroning imba / watak lêgawa ing budi //

netra lindri-lindri ika / mawèh wuyung kinasih marang laki / dhuh lae gèr sutaningsun / poma nini dibisa / ngrêksa marang raganta ywa nganti dudu / dadi pocapaning kathah / tindak nasar ywa kinanthi //

Kinanthi

poma aywa sira gêndhuk / adarbe tingkah nalisir / wruhan ta bêbakunira / bandhaning wanita nini / sapisan ati narima / pinênggak ardaning kapti //

aja nyêngka ing panggayuh / andhêngak nênga manginggil / kalimput tyas daya-daya / enggala bisa madhani / datan tolih dhèwèkira / sarwa kurang sarwa sêpi //

panariman ta tumuwuh / kalamun sirèku nini / anêpa sariranira / tinandhing lan ngandhapnèki / ing kono sayêkti sira / rumasa mênang pribadi //

kapindhone adatipun / kaprah wataking pawèstri / melikan barang katingal / lah iku kang bêbayani / sayogya dèn pêrangana / ardèng tyas kang mring yumani //

sarana sabar tuwajuh / myang talatèn angêntèni / mrih bisaning kasêmbadan / dadi nora ngrusak ati / têmah tumus ngrusak angga / dadya rusak kuru agring //

jêr têmêne manungsèku / apa kang sinêdya dadi / têka barang kang cinipta / amung dalane kang wiwit / arang kang bisa tumindak / saking bangêting kang rumpil //

dalane sabar tuwajuh / datansah dènnya mangudi / tan keguh godhaning setan / setane angobrak-abrik / nanging yèn tandhinge kalah / datan wani malih-malih // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 87, 26 Jumadilawal Taun Ehe 1860, 30 Oktobêr 1929, Taun IV

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1363] ---

Ôngka 87, 26 Jumadilawal Taun Ehe 1860, 30 Oktobêr 1929, Taun IV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Krêtêg Lami ingTarutung (Tapanuli)

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar krêtêg lèpèn Aèksigeaon.

--- 1364 ---

Raos Jawi

Bab Wontênipun Têmbung: Pênagan

Para maos kados botên kêkilapan dhatêng wontênipun têmbung: pênagan. Inggih punika namanipun sawênèhing panggenan ingkang wontênipun namung pinuju môngsa panenan pantun. Ing salah satunggiling kêdhokan sabin utawi pagagèn, ing ngriku dipun tata gasik tur waradin prêlu kangge papan anglêmpakakên sarta mepe (ngayar) pantun ingkang taksih têlês nêmbe dipun pugut, trêkadhang ing papan wau mawi kaadêgan pondhok alit, limrahipun cêndhèk sangêt, beda kalihan gubug. Sabibaring pantun, pênagan wau kabibrah malih, awit pasitènipun badhe dipun waluku katanêman sanèsipun malih.

Yèn katitik saking irib-iribing têmbung: pênagan, punika kados sampun nama têmbung rimbagan (dayawacaka) ingkang aslinipun saking lingga: naga, angsal atêr-atêr: pa, panambang: an, dados: panagan, ing pakêcapan mungêl: pênagan. Dados saupami kapêndhêt lêrêsipun makatên, ing ngriku papan panggenaning naga (sawêr ingkang agêng), nanging nyatanipun jêbul namung papan panggenaning pantun balaka.

Ing salah satunggiling wêkdal kula dipun takèni mitra kula: punapa sababipun dene papan pangrimatan pantun kemawon dipun wastani pênagan, môngka ing ngriku botên wontên sawêripun. Punika kula wangsuli kanthi katrangan sawatawis makatên.

Têmbung pênagan punika yêktosipun têmbung kalantur wiwit ing kina, kintên-kintên tuwuhipun saking tumusing raos gugon tuhonipun tiyang Jawi, nalika jamanipun Dèwi Sri kenging êsotipun ingkang rama Prabu Srimahapunggung ratu ing Mêdhangkamulan, inggih punika awujud dados sawêr sawa agêng, ugi lajêng kawastanan naga. Saoncatipun saking praja Mêdhangkamulan anjujug ing griyanipun Kyai Buyut Wangkêng ing dhukuh Mêdhangtamtu. Wontên ing ngriku sawêr sawa wau dipun aji-aji sangêt, awit Ki Buyut dalah semahipun uninga bilih sawêr sawa punika panuksmanipun putri Mêdhangkamulan. Wiwit rikala samantên Ki Buyut Wangkêng lajêng sagêd dados tiyang sugih andrêbala, sugih pantun, palawija, rajakaya sapiturutipun, amargi saking kanggenan sawêr sawa wau. (Bab punika botên sagêd kula orèhakên langkung panjang, cêkap amriksanana ringgit lampahan Srisadana, utawi Kajawèn nomor 19 taun 1928 tuwin sêrat-sêrat sanèsipun).

Wiwit ing wêkdal samantên têtiyang Jawi langkung-langkung para tani, sami gadhah kapracayan yèn sawêr sawa (naga) punika lêrês panuksmanipun Sang Dèwi Sri, môngka Dèwi Sri wau kasêbut dados dewaning pantun. Pramila ngantos dumugi ing titimôngsa sèkêt taunan kapêngkêr têtiyang tani sami taksih katabêtan gugon tuhon wau, tandhanipun sabên ing môngsa panenan pantun, ing salah satunggiling kêdhokan [kê...]

--- 1365 ---

[...dhokan] dipun dèkèki sandhingan, kawastanan cok bakal, arupi kalasa enggal, sêkar borèh, suri, kaca, wêdhak, suruh ayu, pisang ayu, jambe, tuwin sapanunggilanipun. Ing sacêlakipun ngriku nuntên kaadêgan pondhok kangge papan pangrimatan pantun kados ingkang kula cariyosakên ing ngajêng, malah ing wêkdal tigang dasa taunan kapêngkêr ing papan wau mawi kadèkèkan pêpêthan gambar sawêr naga, pinanjêr inggil mawi bandera, wos-wosipun inggih nglêluri cêcriyosan ingkang makatên wau, pramila dumugining sapriki, papan wau taksih lastantun kawastanan pênagan.

Dados inggih botên anèh yèn papan pangrimatan pantun wau kawastanana pênagan, awit tuwuhipun sampun lami sangêt, inggih asli saking tumusing raos gugon tuhonipun tiyang kina, supados kasawabana brêkahing naga panuksmaning Dèwi Sri. Malah dumugi sapriki bokmanawi taksih wontên ugi para tani ingkang anglêgutakakên ngangge cara kados makatên wau, utawi yèn sabinipun dipun saba ing sawêr sawa rumaos pikantuk kanugrahan, mila lajêng dipun obong-obongi mênyan utawi dupa tuwin ngawontênakên sêsandhingan. Nanging inggih sampun kathah ingkang sami nilar, tuwin botên anglêluri. Pramila ewah-ewahing kawontênan tuwin cara lajêng nuwuhakên pitakenan kados ingkang kula aturakên wau. Dene lêrês lêpating pamanggih kula sumanggakakên dhatêng sintên ingkang karsa paring katrangan sanèsipun malih.

Nirrasa. Tumpang - Malang.

--- 1366 ---

Kawruh Sawatawis

Bab Hakipun Tiyang Pribumi Tumrap dhatêng Siti (Inlandsch bezitsrecht) Egêndhom Pribumi, tuwin Egêndhom

Ing pranataning nagari tumrap Indhia Nèdêrlan ngriki (rumiyin nama Regeeringsreglement), sapunika wet op de Indische staatsinrichting) kapacak kuwajibanipun Ingkang Wicaksana Kangjêng Tuwan Bêsar Gupêrnur Jendral kalih warni, ingkang pigunanipun agêng sangêt tumrapipun kita tiyang pribumi sadaya, inggih punika:

1. Anjagi sampun ngantos tiyang pribumi punika dipun sawiyah ing liyan, sanajana sintên kemawon.

2. Ingkang Wicaksana Kangjêng Tuwan Bêsar Gupêrnur Jendral, botên kenging nyade sitining gupêrmèn, kajawi manawi prêlu kangge ngagêngakên nagari utawi dhusun, utawi kangge angawontênakên pakaryan§ Upaminipun pabrik. Red. (inrichtingen van Nijverheid).

Ingkang badhe kula andharakên ing ngandhap punika inggih punika bab kuwajibanipun Ingkang Wicaksana Kangjêng Tuwan Gupêrnur Jendral ingkang ôngka 2 kasêbut ing nginggil. Mênggah ingkang kasêbut wontên ing wet op de Indische staatsinrichting punika namung ancas-ancasipun nagari kemawon. Wondene pranatan ingkang nêrangakên langkung cêtha bab ancas-ancas punika kapacak wontên ing Agrarisch besluit yasan dalêm Sri Maharaja ing Nèdêrlan, tuwin ing pranatan sanès-sanèsipun. Agrarisch besluit wau kados ta anyêbutakên bilih sadaya siti punika kagunganipun nagari, kajawi manawi wontên ingkang sagêd nêrangakên, bilih punika siti egêndhom utawi egêndhom Jawi.

Manawi namung mirid dhatêng ungêl-ungêlanipun kados ingkang kasêbut ing nginggil punika, kados-kados gadhah maksud ingkang kirang prayogi tumrapipun kita tiyang pribumi, nanging manawi dipun jajagi ingkang ngantos lêbêt, pranatan punika èstunipun tumrap haking siti adamêl kawilujênganipun tiyang pribumi sadaya, amargi:

1. Saupami Ingkang Wicaksana Kangjêng Tuwan Bêsar Gupêrnur Jendral sagêd nyade sitining nagari sapurun-purunipun, ingkang têmtu sabên nagari kêkirangan arta, Ingkang Wicaksana Kangjêng Tuwan Bêsar Gupêrnur Jendral sagêd kemawon nyade siti nagari, tanpa wontên ingkang ngalang-alangi. Utawi malih manawi tiyang pribumi bêtah arta, gampil lajêng nyade sitinipun dhatêng bôngsa sanès ingkang gadhah arta kathah, sasampunipun kadadosakên egêndhom. Sarèhning miturut kawontênanipun ingkang gadhah arta kathah punika tiyang sanès bôngsa (Landi, Cina, Arab), môngka tiyang pribumi punika radin-radin ngêbrèh sarta gadhahipun arta kirang sangêt, ingkang têmtu manawi siti kenging kasade dhatêng sanès bôngsa, sakêdhap netra tiyang pribumi badhe kecalan sadaya gadhahanipun siti, wusana sadaya sagêd dados gadhahanipun tiyang

--- 1367 ---

sanès bôngsa. Môngka ningali kawontênanipun tiyang pribumi punika panggêsanganipun prasasat sadaya saking têtanèn. Dados manawi kalampahan sadaya siti dados gadhahanipun tiyang sanès bôngsa, sampun têmtu gêsangipun badhe nalôngsa, kadadosanipun botên badhe beda kalihan kawontênanipun tiyang-tiyang tanah Bêtawi ingkang dados siti partikêlir (particuliere landerijen). Wusananipun manggènipun punika namung numpang wontên panggenanipun tuwan tanah,§ Kanthi ambayar pasewan siti sabên wulan, minôngka gêgêntosipun paos warni-warni. hak dhatêng siti babarpisan botên gadhah. Tanah-tanah ingkang botên wontên pranatan, kados ingkang kasêbut punika, kados ta wartosipun ing tanah Aprikah ingkang sisih lèr, punika siti ing ngriku mèh sadaya dados gadhahanipun tiyang ngamônca. Tiyangipun pribumi namung ngênggèni buminipun, nanging botên gadhah hak anggadhahi siti. Lêrês ing tanah kita Indhonesiah ngriki wontên ugi siti egêndhom, ananging bokmanawi 1% saking jêmbaripun sadaya siti nagari kemawon botên wontên. Ingkang makatên punika têtela bilih tiyang pribumi ing Indhonesiah kajagi dening pranatan kasêbut ing nginggil punika.

Pramila kita tiyang pribumi wajib muji sangêt dhatêng kalantipanipun nagari karsa angawontênakên pranatan siti kados ingkang kacêtha punika.

2. Nagari (Ingkang Wicaksana Kangjêng Tuwan Bêsar Gupêrnur Jendral) kawênangakên ugi nyade siti kangge egêndhom, nanging manawi prêlu kangge angagêngakên kitha utawi dhusun, utawi kangge ngawontênakên pakaryan. Sanajan makatêna, ugi botên kenging sapurun-purunipun, botên kenging langkung saking 10 bau.§ Eman sangêt, dene pranatan makatên punika kêrêp kemawon dipun singlari sarana akalan, inggih punika siti ingkang katumbas, kaperang-perang dados pintên-pintên pèrsil, ingkang satunggal-satunggalipun botên ngantos langkung saking 10 bau. Red. Sadèrèngipun kêdah katitipriksa ingkang lêrês, sampun ngantos nêrak hakipun siti tiyang pribumi. Pramila manawi wontên tiyang sanès bôngsa tumbas sitinipun tiyang pribumi ingkang badhe kadamêl siti egêndhom, punika kêdah dipun priksa dening satunggaling Commissie, wusana Commissie lajêng ngurusakên kalayan sampurna, punapa punika siti ingkang badhe kadamêl egêndhom lêrês botên wontên ingkang anggadhahi malih, sarta kêdah nêrangakên, nalika rumiyin-rumiyinipun ingkang anggadhahi siti punika sintên, prêlunipun sagêd sumêrêp punapa lêrês siti punika sampun botên wontên ingkang anggadhahi, dados têtêp siti lêgan. Sasampunipun lajêng taksih dipun têrangakên malih, punapa tiyang pribumi ing salêbêting dhusun ngriku wontên ingkang gadhah kawratan, bilih siti punika dados siti egêndhom, sarta punapa ing dhusun ngriku taksih kathah sitinipun, botên badhe kêkirangan, manawi punika siti dipun damêl egêndhom. Manawi sadaya katrangan sampun cêkap, têrang bilih siti punika sampun botên wontên ingkang anggadhahi, dados têtêp siti lêgan (vrij staatsdomein), sawêg kemawon papriksan wau kunjuk dhatêng nagari, kalayan dipun timbang prêlu botênipun pinuwunan egêndhom punika dipun kabulakên. Badhe kasambêtan.

--- 1368 ---

Panggulawênthah

Papan Pangupakaraning Lare (Jeugdzorg) ing Bogor

(Candhakipun Kajawèn ôngka 86).

Ing Kajawèn ôngka 86, sampun kacariyosakên, bilih ing papan pangupakaraning lare ing Bogor, anampèni punggawa èstri sawatawis ingkang kapasrahan anjagi tuwin anggulawênthah lare-lare ingkang dipun upakara wontên ing ngriku, makatên ugi sampun kaandharakên, bilih murih sagêdipun sampurna anggèning nindakakên padamêlanipun, wiwit wulan Sèptèmbêr 1928 punggawa-punggawa èstri wau sami kawulang sadaya padamêlan ingkang prêlu-prêlu tumrap panyêpêngipun bale griya, lan cara panggulawênthahipun lare. Saya kathah lare ingkang kapulasara wontên ing papan pangupakaraning lare wau, ing ngriku saya ambêtahakên tiyang ahli ingkang sagêd ngiguhakên sadayaning padamêlan. Kalêrêsan sangêt, dene pangrèhing papan pangupakaraning lare wau, ing wulan April taun punika sagêd angsal dhirèktisê Nonah Bosch, ing ngriki kacariyosakên kalêrêsan sangêt, awit kajawi Nonah Bosch wau satunggiling wanita ingkang sampurna ing kasagêdanipun, ugi satunggiling wanodya ingkang inggil gêgayuhanipun. Ing Kajawèn ngriki sanès dintên badhe kaandharakên mênggah ingkang dados idham-idhamanipun sang wanita wau.

[Grafik]

Lare-lare sawatawis ingkang sami dipun upakara ing papan pamulasaraning lare ing Bogor.

Saya dangu saya kathah panuwunan saking para kênya Walandi supadomsupados. sagêd angsal padamêlan wontên ing ngringku, murih ing têmbe sagêd dados wanita ingkang sampurna kasagêdanipun bab panyêpênging bale griya tuwin panggulawênthahing lare. Jalaran saking punika, gêgandhengan kalihan wontênipun pangupakaraning lare wau, ing ngriku dipun wontênakên paguron tumrap lare èstri ingkang ngudi ing bab kasaenan dhatêng sasami, saha lajêng anêtêpakên bab-bab punapa ingkang prêlu dipun wulangakên.

Wiwit wulan Juli taun punika, ing paguron kasbut nginggil, ambikak kursus warni kalih, ingkang lajêng kanamakakên kursus A tuwin kursus B.

Mênggah danguning pasinaon wontên ing kursus A wau 2 taun. Satamating pasinaonipun, para murid wau sagêd dados pambantu tumrap anyêpêng bale griya ingkang kanthi dhiplomah utawi panjagi

--- 1369 ---

lare. Dene manawi pancèn prigêl sayêktos, gampil angsalipun padamêlan dados asistèntê wontên ing pakaryan guprêmèn utawi partikulir.

Dene ingkang sagêd katampi wontên ing kursus A wau, ngêmungakên lare èstri inggih bôngsa punapa kemawon, ingkang sakêdhik-sakêdhikipun sampun tamat pasinaonipun wontên ing pamulangan Walandi andhap utawi H.I.S.

[Grafik]

Para murid ing kursus A.

Mênggah ingkang kawulangakên wontên ing kursus A inggih punika olah-olah, inggih olah-olah cara Jawi utawi cara Walandi, pangolahing têtêdhan kangge lare utawi kangge tiyang sakit. Kawruh ing bab kasarasan tuwin mêrban, ing ngriku kawulangakên mênggahing wontênipun badaning manungsa, bab sêsakit, panularipun sêsakit, bab dayaning pêpadhang, hawa, pangangge tuwin têdha. Makatên ugi bab sêsakiting lare, lan caranipun mêrban ingkang gampil-gampil. Mênatu, anggènipun ngumbah, nganji, nyêtrika lan sasaminipun. Adminisêtrasi, inggih punika caranipun nyêpêng buku-buku, adamêl sêrat lan sapiturutipun. Pangajaran ingkang sagêd ngindhakakên kawruhipun, inggih punika sarana ngrêmbag prakawis ingkang prêlu-prêlu, maos sêrat-sêrat kabar utawi kalawarti. Padamêlan tangan, kados ta: andondomi, anjlumati, bordhir, lan sasaminipun. Panggulawênthah, musik lan taksih kathah malih tunggilipun.

[Grafik]

Para murid ing kursus B sawêg sinau padamêlan tangan.

Dene danguning pasinaon wontên ing kursus B punika 3 taun. Satamating pasinaonipun, murid-murid ing ngriku sagêd angsal padamêlan wontên ing pundi-pundi panggenan, kados ta: wontên ing papan panggulawênthahing lare, wontên ing Pro

--- 1370 ---

Juventute lan sasaminipun. Malah nagari piyambak angrujuki sangêt dhatêng adêging kursus wau. Lare èstri ingkang sampun tamat ing kursus wau, sagêd nampi blônja wiwitanipun f 130.- ngantos dumugi f 400.- ing sawulan-wulanipun. Dene ingkang sagêd katampi ing kursus wau, ngêmungakên lare èstri ingkang sampun tamat Milo, utawi sêkolahan sanès ingkang kaanggêp sami kalihan Milo. Mênggah ingkang kawulang ing kursus wau, kajawi bab-bab ingkang kawulangakên ing kursus A nanging langkung dipun kathahi, ugi kanthi kawêwahan sanès-sanèsipun, kados ta: ngêtik (typen) kasusastran tuwin babad, panyêpênging bale griya lan sapiturutipun.

Mênggah pangajaran ingkang kasbut ing nginggil punika sadaya pangajaran teori, ing ngriku ing bab praktikipun ugi botên kasupèkakên, têgêsipun: lare-lare èstri wau dipun kulinakakên momong bayi, ambantu olah-olah wontên ing dhapur, mulasara lare sakit, ambantu andondomi tuwin mênatu, nyêpêng bale griya lan sasaminipun. Cêkakipun lare-lare wau dintên-dintên tansah kajagi sampun ngantos nganggur, nanging tansah wontên kemawon padamêlanipun. (Badhe kasambêt)

Jagading Wanita

Soga Blastêr

Ingkang dipun angge nyoga blastêr punika inggih soga gènês, nanging botên patos kandêl, dipun soga kaping kalih utawi kaping tiga kemawon: sampun, kandêlipun sarana dipun sarèkakên jawi.

Sarèn jawi tumrap sinjang 5 sawit:

Gêndhis têbu, rêgi 5 sèn.

Apu 5 kluwak.

Kaulêt kalihan toya namung dipun pêndhêt bêningipun.

Soga Jawi

Soga jambal, wawrat 100 kati.

Tingi kripik, wawrat 5 reyal.

Dipun dhêplok rêmus lajêng kagodhog kangge namung rambah kaping tiga sampun kandêl, lajêng kasarèkakên, sarènipun kaudhak, lajêng kababar.

Patrapipun nyoga blastêr sarta nyoga Jawi sami kemawon nyoga gènês.

Nyoga gènês laminipun 15 dintên.

Nyoga blastêr laminipun 3 dintên.

Nyoga Jawi namung sadintên.

Kados ingkang sampun kapratelakakên ing Kajawèn rambah-rambah, inggih punika ing bab patrapipun tiyang nyêrat, wiwit anggarap mori dumugi dados sinjang, ingkang kathah nama padamêlanipun tiyang èstri, namung tumrap padamêlan ingkang awrat-awrat, pancèn kêdah dipun tindakakên tiyang jalêr,

--- 1371 ---

kados ta ing bab mêdêl utawi nyoga, awit punika pancèn nama panggaotan, bêbaunipun jalêr malah kathah. Sadaya wau, manawi dipun manah yêktos, nama padamêlanipun tiyang èstri, awit sanadyan tiyang èstri botên sagêd ngêcakakên utawi ambaoni piyambak, nanging mangrêtos dhatêng lampah-lampahipun. Dados têrang bôngsa èstri Jawi punika pancèn gadhah dhêdhasar sagêd nyambut damêl ing bab bathik, tôndha yêktinipun ing nagari pundi-pundi ingkang dados dunungipun tiyang manggaota bathik, tamtu botên sêpên tiyang èstri, dalah ingkang nama manggaota agêng pisan, saya kathah èstrinipun.

Dumuginipun dados sinjang, ugi lêstantun dipun tindakakên ing tiyang èstri, punika saya kêtingal sangêt sumêbaripun, mèh sabên nagari pundi ingkang wontên tiyang dagang sinjang tamtu dipun tindakakên ing tiyang èstri, parigêling cak-cakanipun tumindak ing damêl botên kawon kalihan tiyang jalêr.

Sumêbaripun sinjang-sinjang saking nagari ingkang ngêdalakên sinjang dhatêng nagari sanès, kenging dipun wastani waradin, botên wontên pêkên ingkang sêpên, mêsthi wontên tiyang sade sinjang, dene tanahipun warni-warni, Sala, Ngayogya, Pakalongan, Purwarêja tuwin sanès-sanèsipun.

Mirid kawontênan ingkang kados makatên wau, bôngsa Jawi pancèn gadhah dhêdhasar among dagang sinjang, wiwit saking damêl ngantos dumugi sade, sagêd nindakakên piyambak, dados manawi dipun manah panjang, sanadyan padamêlan nyêrat sambèn pisan, nanging têtiyang Jawi dhêdhasaripun sampun wontên, sagêd amastani awon sae, tumindakipun sade tinumbas, sadaya wau manawi dipun lantur lajêng dados tuntunan tumindakipun among dagang. Mila eman sangêt saupami bôngsa Jawi ngantos ngêndhoni dhatêng tumindakipun padamêlan punika, nama badhe kecalan bakuning kagunan ingkang sampun mathuk nama dados kagunan Jawi.

Waosan Lare

Kasugihaning Tiyang Cêthil (Cariyos Hindhu)

Karanganipun Sitadèwi

IV.

Ing wêkdal punika Dhinabandhu sawêg gêtun, dene mantunipun dèrèng mangsanipun sampun pêjah, manawi taksiha gêsang Dhinabandhu botên badhe manggih rêribêd ingkang samantên punika.

Lare wau anjêgrêg sumêrêp griya ngajrih-ajrihi ingkang badhe dipun ênggèni punika.

Wicantênipun Satyabati dhatêng bapakipun: Tiyang punika enggal katêdahna ing pundi anggènipun kêdah mrênahakên bêktanipun. Prêlunipun punapa dipun kèn ngêntosi dangu-dangu. Mangke kula ingkang ngepahi.

Saupami kenginga makatên, Dhinabandhu purun nêbas [nê...]

--- 1372 ---

[...bas] kesahipun tiyang sadaya wau, nanging ingkang makatên punika botên badhe sagêd kêlampahan, mila ing sasagêd-sagêd inggih dipun pupus, wicantênapun: Mara gawanên mêtu ing kene. Anggone mlaku dingati-ati, ing kene kewan kang gumrêmêt tanpa itungan. Aku wis tuwa, ora kêduga andhangir alas cilik iki. Anakmu dak sawang kaya-kaya lêmu lan rosa, apa ora bisa nandangi pagawean iku.

Mirêng têmbung makatên punika Satyabati ambêsêngut, botên mangsuli punapa-punapa, lajêng mlêbêt ing griya ingkang sampun risak punika kalihan ambêkta anak lan bêbêktanipun.

Payoning griya sampun sami ambrol, namung wontên sênthong satunggil ingkang kenging dipun ênggèni tiyang, inggih ing ngriku punika ingkang dipun ênggèni Dhinabandhu sapêthinipun tosan. Pawonipun ugi sampun risak babarpisan, nanging botên dipun prêduli, awit Dhinabandhu botên bêtah ocal-ocal. Pancènipun Dhinabandhu botên rêmên anglêbêtakên tiyang ing sênthongipun, nanging botên kêdugi mapanakên anak tuwin putunipun wontên ing satêngahing griya ingkang risak punika, mila inggih lajêng kêpêksa akèn malêbêt ing sênthongipun piyambak.

Satyabati sarêng sampun ngepahi dhatêng pun kusir, lajêng murugi bapakipun kalihan wicantên: Lare punika wiwit enjing dèrèng nêdha punapa-punapa. Saking pangintên kula bapak botên gadhah têtêdhan ingkang sampun matêng, mila kula prêlu badhe ocal-ocal, lah pawonipun wontên ing pundi.

Dhinabandhu mangsuli kanthi susah: Ing kene ora ana piranti kanggo olèh-olèh.olah-olah. Payoning pawon wis ambruk, gèk kapriye anggonmu arêp tumandang.

Satyabati sakêdhap kèndêl kemawon, lajêng wicantên: Badhea kadospundi kula kêdah tumandang. Lare punika sampun ngantos pêjah kêluwèn.

Dhinabandhu mengo ningali anakipun ingkang botên wêgah tumandang ing damêl, ngrêsiki jrambah padoning èmpèr, mêndhêti banon lajêng katata kaentha luwêng. Kajêng obong ing sacêlaking ngriku botên kirang, mila sakêdhap kemawon anggènipun cêthik latu sampun andados. Suwaraning latu kumritik nêngsêmakên. Tujunipun Satyabati ambêkta pirantosing pawon, wos tuwin janganan sawatawis, prêlunipun sadhiya prêluning margi, nanging dèrèng èstu kangge. Botên watawis dangu têtêdhan sampun matêng. Dhinabandhu kaajak tumut nêdha inggih botên mopo, janji botên cucul arta inggih purun-purun kemawon. Sakêdhap kemawon kêndhilipun sampun kothong, anggènipun ocal-ocal Satyabati botên antawis dangu sampun katêlasakên Dhinabandhu kalihan putunipun. Satyabati botên tumut nêdha, jalaran dèrèng adus, dados inggih botên oman punapa-punapa. Badhe kasambêtan.

--- 1373 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Sêtudhèn Jawi Katolak wontên ing Têtingalan Walandi Umum

Petruk : Yak, Kang Garèng, Rêbo-Rêbo kok têka mrene manèh. Lho, kowe aja kaliru tômpa, banjur nganggêp yèn aku ora dhêmên marang tamu. Kuwi ora pisan-pisan, awit mungguhing bôngsa Jawa, sing dianggêp bêcik dening bôngsa mônca kuwi mung sathithik bangêt, ya kuwi mung anggone sabar tuwêkal, ing bab luhuring kagunane: gêndhing lan jogèd. Sarta anggone dhêmên nyang tamu. Nitik anane gegeran warna-warna, watêke sabar tuwêkal sajake wis dicanthèlake nang pagêr. Kagunane gêndhing lan jogèd, sing akèh sajake wis padha dilirokake karo tojing-tojing, lan mêncolot-mêncolot nganggo mubêng-mubêng kae. Dadi saikine mung kèri siji, yaiku: anggone dhêmên nyang tamu. Rak iya wis dadi wajibe aku kabèh, ing sarèhning kèri siji ya kudu diêmi-êmi bangêt. Naning kosok-baline sing dadi tamu wajibe kudu anduwèni koma-koma. Dupèh sing didhayohi sênêng nyang tamu, têkane banjur ora angon masa, mung sakrêsanèki bae. Kuwi jênênge rak ngukum karo sing kok dhayohi. Nèk dina Rêbo kuwi sabênêre aku ora duwe wêktu babarpisan kanggo nêmoni dhayoh, jalaran saka akèhing pagaweanaku. Mara ta pikirên bae, nèk dina Rêbo, thik Rêbo kaya saiki kiyi aku kudu mikir apa sing bakal kanggo rêmbugan ing dina Sabtu, kudu ngeling-eling nyang langganan Kajawèn sing dhêmêne nyang aku kiyi mung laire bae, ya iku para sing mangsane ambayar dhuwit langganane, nanging lali ora maringi, kudu mrihatinake prawane tanggane sing wis rada lungse nanging durung ana sing nglamar, kudu...

[Grafik]

Garèng : Wis, wis, wis, kok banjur butuhe tanggane digawa-gawa. Ora, Truk, sanyatane mono aku ya wis ngrêti, yèn dina Rêbo, cara dhoktêre, kowe ora anduwèni sêprik ir (ora nômpa tamu), nanging sarèhning sing arêp tak rêmbug karo kowe prakara gawat, sanadyana wis mambu bangêt, mulane aku iya mrêlokake têka ing dina kiyi.

Petruk : Nèk pancèn prakara gawat têmênan, sanadyan dina kiyi dhonge mono aku prêlu bangêt arêp nyaur utang kanthi rèntê 100% anggone [ang...]

--- 1374 ---

[...gone] mêlèk mau bêngi, ewadene aku ya mêksa kudu ngladèni apa sing bakal arêp kok rêmbug.

Garèng : Tak pindhoni omongku, iki prakara wis mambu ayit bangêt, nanging sarèhning ngênani aku kabèh, mulane ya prêlu tak rêmbug karo kowe, yaiku: bab sêtudhèn Jawa loro sing ditulak lumêbu ing rèsturan ngiras gambar idhup ing Batawi kene. Hla, kuwi suwarane koran-koran, ya koran Walônda, Tionghwa utawa korane bangsane dhewe, warna-warna têmênan, nganti bingung anggonku ngrasakake. Mungguhing kowe kapriye panêmumu ing bab kiyi.

Petruk : Nèk mungguhing panêmuku, siji-sijining bôngsa kuwi duwe tatacara utawa kalakuan dhewe-dhewe, sing ora sênêng yèn nganti kawêruhan ing bôngsa liya. Tumrape aku dhewe bae, nèk kabênêr lagi kêndurèn utawa manèh tayuban upamane kok ana bôngsa liya truthusan mèlu mrono, kuwi sanyatane aku ora sênêng bangêt, awit ing kono bôngsa liya mau bakal ngêwruhi, yèn ing sajroning kêndurèn kuwi, wong Jawa sok lali kaprawirane, banjur sok rêbutan brêkat. Apa manèh ing sajroning tayuban, sanadyana pangkat patih pisan, sing sabên dinane kudu tansah ngluhurake pangkate, nèk dhong tayuban, sok bisa supe nyang kaluhuraning pangkate mau, sing diemuti mung ayune wujude tlèdhèk, hla, wusana ora ngêmungake yèn tiba gong bae, anggone ngaras, sanadyana tiba kêthuk, kênong, kêmpul iya ora kliwatan. Mara apa aku kabèh kiyi ora rada prindang-prinding, nèk ana bôngsa liya nyumurupi lêlakon sing kaya mangkono kuwi. Kosok-baline bôngsa liya, upamane bae bôngsa Walônda, têmtune nekanèk. ana panggonan sênêng-sênêng, iya ora rila nèk ana bôngsa liya, bôngsa Jawa upamane, sing mèlu ana ing kono, awit dikuwatirake, yèn banjur nyumurupi, nèk sawênèhing Lônda kuwi sok bisa ngumbe bir têlung gêndul têrus-têrusan, utawa sawênèhing nyonyah Walônda kuwi nèk manganggo brukute mung sêtêngah-sêtêngah bae, lan sapêpadhane. Jalaran saka iku, mulane aku iya ora wani maido marang anane sêtudhèn Jawa loro sing ditulak mau.

Garèng : Saikine apa sababe, dene sanadyana wong Jawa pisan, anggêre manganggo cara Walônda, têka ora ditolak. Lho, kuwi miturut omonge sawijining up rêdhaktur ing Batawi kene, sing kandhane sabên malêm Rêbo apa malêm Kêmis, aku kok wis lali, ajêg ana ing papan sing dilarang kanggo wong Jawa mau, tanpa diusir, awit panganggone ngeropis.

Petruk : Nèk manganggo cara Walônda têmtune iya angèl anggone nglarangi. Awit ing jaman saiki kiyi akèh bae wong manganggo cara Walônda, nèk andêlêng wujude, upama lananga pantêse jênêng: Krama utawa Wôngsa, nèk wadona: Ponikêm, ewadene nyatane iya bôngsa Walônda, kosok-baline akèh bae wong Jawa tulèn, nanging barêng manganggo cara Walônda pantês nèk dijênêngi: Nyo Wèlêm, utawa Nonah Rikê. Mulane iya

--- 1375 ---

angèl anggone nglarangi wong Jawa sing manganggo cara Walônda. Mungguh up rêdhaktur sing kok omongake mau, aku dhewe rada têpung. Aku iya ora maido nèk dhèwèkne kêrêp ana ing panggonan kono tanpa diusir, awit sanadyan cara Walandane nyajak sêpur thruthuk, sok kêrêp mandhêg, nanging panganggone mèh ajêg cara Walônda, dadi sanadyan wujude angèl, tamtune iya dikira Walônda bae. Malah kiraku, supaya aja nganti diusir, ya wis jaga-jaga luwih dhisik, upamane bae: nèk ditakoni, ngaku jênêng: mênir pit ap-ap.

Garèng : Wiyah, kok banjur ngomongake sing ora-ora, ewadene Truk, aku mêksa nyalahake sing nguwasani papan sênêng-sênêng, yaiku anggone pasang adpêrtènsi ora disêbutake: mung kanggo Walônda bae.

Petruk : Kuwi iya ora kêna dipaido. Awit sabên dinane sing têka mrono kuwi mung bôngsa Walônda thok bae, dadi rumasane sing nguwasani kono, yèn wong-wong Jawa wis ngrêti, yèn kono kuwi mung kanggo bôngsa Walônda bae, mulane pamasange adpêrtènsi iya ora prêlu dikandhakake: mung kanggo bôngsa Walônda thok bae. Mulane pangarêp-arêpku, bangsaku kiyi, sanadyana dadi insinyur, dhoktêr, utawa mèstêr pisan, bok aja lali nèk iya bôngsa Jawa.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat Kabar Sanès

Pambantu Kajawèn martosakên:

Benjing malêm Minggu tanggal kaping 2-11-'29 pakêmpalan P.G.H.B. apdhèling Kêdhiri badhe ngawontênakên têtingalan mawi prabeya. Wondene ingkang badhe kapitongtonakên inggih punika: tonil, mêndhêt lêlampahanipun Radèn Ajêng Prayitnèngsih miwah jêjaka kêkalih, kaperang dados 8 bagian (bedrijven). Saantawisipun bagian-bagian punika, badhe kawontênakên: ulah raga warni-warni, pêthikan ringgit tiyang (sumbangan saking pakêmpalan K.M.O), pêncak (sumbangan saking pakêmpalan S.H.) lan sanèsipun malih.

Angsal-angsalanipun rêsik badhe kadarmakakên dhatêng Neutrale schoolvereeniging ing Kêdhiri (Oe).

Ing Kajawèn ngriki kados sampun nate kawartosakên, bilih ing Bandhung kala rumiyin sampun dipun êdêgakên pakêmpalan tumrap punggawa dhusun, inggih punika ingkang dipun namakakên: lurah bon. Kabaripun pakêmpalan wau samangke badhe ngêdalakên kalawarti, ingkang isinipun ngêmungakên prakawis-prakawis ingkang gêgayutan kalihan kaprêluanipun piyambak, dene ingkang badhe mandhegani kalawarti wau, Tuwan Salèh Gunung.

Ing ngriki botên prêlu nyariyosakên saening kalawarti tumrap satunggiling pakêmpalan. Mugi-mugi punika sagêda dados kaca bênggala tumrap pakêmpalan ingkang tunggil damêl wau, ing panggenan sanès-sanèsipun.

Aneta martosakên saking Bima: dèrèng dangu punika wontên prahoto kacêmplung ing jurang, anjalari ingkang sami numpak, pitung cacahipun, sami tatu rêkaos sangêt. Mênggah sababipun prahoto wau kacêmplung ing jurang, kala punika wontên sawatawis masin mabur wontên ing sanginggiling prahoto. Pun supir lajêng andêngèngèk, botên emut manawi sawêg anglampahakên prahoto, mripatipun tansah nyawang dhatêng masin mabur, wusananipun kadadosan makatên wau.

Inggih makatên ganjaranipun, manawi tiyang punika sok andalèngèr. Dèrèng dangu punika jalaran saking dalèngèripun Petruk ugi mêntas karugian agêng. Inggih punika kalanipun lumampah dhatêng Pacinan sumêrêp slendhang mayang, saking anggènipun tansah nyawang kemawon, ngantos lajêng botên sumêrêp punapa ingkang wontên ngajêngipun. Wusana lajêng nunjang bakul saoto. Kala punika inggih lajêng kapêksa nglintoni saanggris.

--- 1376 ---

[Grafik]

Anyarêngi Kangjêng Bupati Kuningan (Cirêbon) kalihan ingkang putra-putri nalika wontên ing nagari Walandi, ing Den Haag tanggal 3 wulan Sèptèmbêr ingkang sampun kapêngkêr, dipun wontênakên parêpatan Staten Generaal. Ing nginggil punika gambar kangjêng bupati kalihan ingkang putra putri ingkang nêmbe tumut anjênêngi parêpatan wau.

Para maos têmtunipun sampun sami uninga, bilih para punggawa nagari ingkang dêdunung wontên ing Bandhung, sami angsal tuslah blônja jalaran saking awising rêrêgèn 10% saking blanjanipun. Kabaripun wiwitanipun taun ngajêng punika, tuslah wau dipun dhakakên, dados lajêng namung angsal 8%, ing têngahanipun taun dipun dhakakên malih, ngantos tuslahipun namung 5% saking blanjanipun.

Para sadhèrèk ing Bandhung, wiwit sapunika kêdah dipun sinau ngirit, kêdah anyuda anggènipun tindak gambar idhup utawi kasênêngan sanès-sanèsipun.

Wontên kabar, bilih Residhèn Priyangan têngah, angèndêli satunggilipun agèn pulisi kitha, jalaran kadakwa dados warga pakêmpalan P.N.I.

Yak, inggih kojur, manawi sawêg kadakwa kemawon, ujug-ujug lajêng dipun kèndêli saking padamêlanipun.

Ingkang sami kasingkirakên dhatêng Dhigul.

1. Tuwan Mas Warbin Wajid, ugi nama: Mas War utawi Masutar, lan kalanipun wontên ing Singgapura nama Oei A Thong, umuripun 26 taun, tilas magang karesidhenan Tanjungpinang, propagandhis S.R kalairakên wontên ing Sunge Sêlan, pungkasanipun gêgriya wontên ing Singgapura, samangke dipun tahan wontên ing buwèn Pontianak.

2. Japarjamil, gêlar Raja Endhah, umur 46 taun, sudagar, panuntun komunis ing Pariaman, kalairakên wontên ing pêkên Pariaman, saha pungkasanipun gêgriya wontên ing ngrika, samangke katahan wontên ing buwèn Padhang.

Lho, kok dèrèng cuthêl-cuthêl kathahing tiyang ingkang dipun Dhigulakên, mêmêlas.

Ing kitha kabupatèn Dêmak, katêtêpakên kambah ing pès.

Punapa ing Dêmak samangke dèrèng wontên pakaryan pès bêsêtrèdhêng, dene manawi dèrèng, mugi enggala kawontênakên, kanthi pangajêng-ajêng, mugi-mugi têtiyang ing Dêmak samia ambantu sakiyatipun, murih sagêdipun enggal icaling sêsakit pès wau.

Sêrat kabar A.I.D. martosakên, bilih dhirèktur panggaotan nagari (Gouv. bedrijven) angrujuki anggènipun nagari badhe ngliyêr margi sêpur: Cirêbon - Sêmarang. Kintên-kintên botên watawis dangu malih, badhe dipun ajêngakên sêrat panuwunan dhatêng pamarentah ing bab pangliyêripun margi sêpur wau.

Mugi-mugi enggala tumuntên kalêksanan.

Ing tanggal 1 Nopèmbêr ngajêng punika, botên ngêmungakên badhe miwiti lampahing sêpur èkprès saking Batawi dhatêng Surabaya, sagêd kalampahan sadintên, sanadyan maskape masin mabur, ingkang dumuginipun samangke namung ngawontênakên lampah Batawi Sêmarang wongsal-wangsul, wiwit tanggal 1 Nopèmbêr wau, ugi badhe ambikak pakaryan lampah anggêgana: Batawi-Surabaya. Ingkang badhe dipun lampahakên saking Batawi ing dintên punika, wontên masin mabur kalih, minôngka dados tamu ingkang badhe tumut mabur wau: pangagênging wadyabala dharatan, paduka Tuwan Cramer, dhirèktur panggaotan nagari, Jendral Synders, tuwan bêrgêmistêr ing Batawi, pangarsaning pakêmpalan dagang ing Batawi tuwin Tuwan van Zalinge.

Manawi nitik kamajênganing yayasan ing jaman samangke, mila inggih ngedab-edabakên sangêt, ingatasipun Surabaya dhatêng Batawi samangke têka sagêd linampahan namung sadintên, malah kabaripun manawi numpak masin mabur namung wontên 6 utawi 7 jam. Kintênipun manawi 20 taun sapriki wontên tiyang nyariyosakên, bilih Surabaya dhatêng Batawi punika sagêd linampahan 6 jam, têmtunipun lajêng dipun kintên tiyang edan. Sintên sumêrêp bilih 20 taun malih tiyang ing dunya sagêd plêsir dhatêng rêmbulan utawi lintang.

--- 1377 ---

Wêwaosan

Sirwenda lan Danurwenda

Anggitanipun Muhamat Dohiri

3

[Kinanthi]

Têmahane bisa kabul / kabuka sêdyaning kapti / lah iku nini dibisa / anganggo wulangku iki / lan manèhe nini ana / pitutur wajibing èstri //

wajibing èstri mung manut / marang parentahing laki / laku kang mamrih utama / aywa wani amaoni / mênèk dadi dukanira / têmah kasiku mring laki //

wadon kang wani mring kakung / kang wanine analisir / pantêse anaking setan / intip naraka pinanggih / pinanggih ing jasadira / benjing anèng jaman akir //

sarananta dènnya mulut / mèlèt ing lakinta nini / supadine tansah jênak / dudu guna dudu dhêsthi / dumunung ing patrapira / dèn ta ngladèni ing laki //

samôngsa tansah basêngut / patrapira anyênyêngit / tan ngrêsêpake paningal / wismanta abosah-basih / tartamtu yèn lakinira / tan jênak nèng wisma nini //

mangkya ingsun manti gêndhuk / poma wêwalêrku nini / rèhning sira maksih lêgan / aywa sira wani-wani / wanuh kêkumpulan priya / angêdhèng tan dugi-dugi //

dupèh tan ngapaa iku / sayêktine nêniwasi / bêbasane bae ana / êduk sêsandhingan gêni / panasing gêni anyalad / nyulêd mring êduk kabêsmi //

têmah sirna jênênging duk / dadi awu tanpa kardi / tan ana sudi angalap / malah dadi sêkar lathi / têtampikaning pra priya / poma-poma wêkas mami //

ni rara tansah tumungkul / mring rena kalangkung ajrih / kunêng mangkya nibok rara / karyanya saari-ari / ngrêrewangi renanira / dènnya mamrih sandhang bukti //

ngupaya kayu myang ngangsu / rêrêsik anyênyaponi / bêtèke maksih parawan / wayahe nêdhêng birai / marma tansah ngadi warna / dhasare ayu linuwih //

marma dadya kêmbang kidung / sandhung jêkluk Rara Suli / grombol-grombol jêjagongan / lajêring gunêm mung Suli / kathah kang samya kasmaran / kapencut mring Rara Suli //

tansah pijêr gandrung-gandrung / agandrung mring Rara Suli / sanadyan sami wanita / kasmaran mring Rara Suli / marma wismanya bok rôndha / sabên ari slira-sliri //

jêjaka pating bilulung / wênèh kêpengin udani / sawênèh namung kêbandhang / kang kêbandhang duk kêpanggih / ngêlus-êlus jajanira / alok: e lah dalah iki //

têka Supraba tumurun / anèng ing desa Kêmiri / mendah dadi rabiningwang / kêboku kang pitung rakit / dak wènèhake sadaya / marang sira Rara Suli //

sijine manèh sumaur / aja manèh dadi rabi / wong bisa nyenggol kewala / gêlêm anglironi sapi / sawênèh ana kang ngucap / ambok nadyan dèn idoni //

malah dak wènèhi wêdhus / kang gèmbèl wulune klimis / sapira ing karsanira / lila lair têkèng batin / wêdhusku kabèh sangalas / aku nrima ngingu siji //

warna-warna patrapipun / kang kasmaran marang Suli / pawênèh anjarag niba / supadi dipun aruhi / wênèh anjarag anjawat / dimène dèn parênguti //

warnanên ingkang kayungyun / agandrung mring Rara Suli / Baron Sêkèbêr samana / madhepok anèng Kêmiri / sadina-dina datansah / amidêr-midêr kuliling //

umiyat ombaking gandrung / agandrung mring Rara Suli / dene ta kagila-gila / dadya kadêrêng yun uning / kaya paran warnanira / kang dadi sêkaring lathi //

sajuga ari panuju / ni rara angambil warih / têbih saking wismanira / rêkasa dipun tingali / karingêt mili dleweran / mangar-mangar mundhak manis //

swanita pating parêntul / ing wadana dèn ulapi / gumêbyar wuwuh sumunar / mèngèr-mèngèr ingkang lathi / pipinya kadi sinêcang / Sêkèbêr dupi udani //

têmpuking netra kumêpyur / dayane kêni tinarik / satêmah datanpa karkat / ginèndèng mring Rara Suli / kadi urip tanpa jiwa / rasaning tyas sang apêkik //

Ni Rara Suli marlêsu / lêsah angganya ngalêntrih / bayu kadi linolosan / gumrobyos riwe kang mijil / ati naratab êtaban / rusak kadi rontang-ranting //

têmah lakune tumungkul / rongèhe angêtarani / tindakira sarimpungan / Sêkèbêr sajroning galih / kayungyun arsa têtanya / lathinya kadi kinunci //

marma dadya rujak sêntul / kur-ungkuran wong kêkalih / Baron Sêkèbêr samana / magungmanggung. karungrungan brangti / wenteh-wentehan ngalela / citrane Ni Rara Suli //

mangkana ingkang winuwus / wuwusên Ni Rara Suli / sapraptanira ing wisma / jroning tyas kadi rinujit / pangunandikaning driya / sapa baya wonge iki //

dene ta bagus amulus / bisa mawèh lara brangti / dhuh-dhuh adhuh jênang gula / têka tan kêna linali / linali saya karasa / rinasa saya ngranuhi //

kêmangi gagange wulung / wilangan sanga lan kalih / wêlasana dasihira / sato galak munggwing warih / sujanma kôncatan atma / baya mati awak mami //

dhandhang wiring sirah pingul / mara tulungana mami / surya ratri saupama / andika sun kawulani / konang gung abyor ing tawang / alintang rasaning ati //

banthèng wisma dhuh wong bagus / amung paduka kang kèpi / pala ingkang warna rêkta / dulunên pun Rara Suli / kanthong klasa wadhah sata / opènana awak mami //

dadya juru dang pangangsu / kaparênga andêdasih / anglêbur pada andika / pun dasih tansah umiring / pirang bara pinundhuta / juru panêbah jinêmrik //

warnanên kang kapirangu / mangungun onênging galih / Ni Rara Suli samana / saari mujung jro panti / mangungkêp-ungkêp kewala / kasmaran marang sang pêkik //

--- 1378 ---

Asmaradana

mangkya Sêkèbêr winarni / duk praptanira ing wisma / lênglêng kapilêng angame / tansah cumanthèl ing netra / ketang jroning wardaya / gumantung anèng jêjantung / citrane kang mawèh rimang //

ting sariwêt milangêni / linali saya karasa / rinasa mawèh wirage / ujwala sawang kunarpa / ngalêntrih tanpa daya / saking bangêting gung wuyung / kang ketang mung sang wèh brôngta //

dhuh mirah pêpujan mami / mêmanising sabuwana / tuhu musthikaning wadon / sapa ingkang kaya sira / tangèh yèn ana mimba / bisa têmên karya gandrung / nyikara mring wong tan dosa //

wêlasana dasihnèki / kang lalu linglung tyas brôngta / lênglêng manglamong siranggèr / wuyung anawung wiyoga / ngranuhi karungrungan / dalêming siyang lan dalu / tuman tumonton mring sira //

sun midêr ngalaya bumi / lêlana jajah nagara / durung tumon kang iribe / lir sira kusumaning dyah / sagunging pra wanodya / ingkang samya ayu-ayu / patut anyèthi mring sira //

satriya Singgêla luwih / tan bisa sirna sakêdhap / tansah cumanthèl katongton / wrêksa tilasing pawaka / kaparêngna anyapa / mêndhung seta witing pantun / dimène lêga ing manah //

parab Endrakila Rêsi / sumêndhi putra Ngalêngka / kaya raganingsun kiye / taru wilis tanpa patra / urip datanpa jiwa / dhandhang alit mitrèng pandung / satuhu sasat palastra //

mangkana kang nahên kingkin / Sêkèbêr sadina-dina / datansah ngadhang margane / unggyaning Suli mèt tirta / Ni Suli kawarnaa / bêsuse sangsaya wimbuh / ngadiwarna lan busana //

ujwala kadi sinangling / mrak atine lêng-ulêngan / Sêkèbêr wimbuh brangtane / rowange Suli mèt tirta / duk miyat sang taruna / anjawil mring Suli manthuk / narêthêk pangucapira //

e e lae tobil-tobil / dene iki ana dewa / tunggu anèng dalan kene / abagus datanpa sama / sajêg ngong durung mulat / wong bagus brêgas tur mulus / sakojur nora kuciwa //

paranbaya karsanèki / manggung anèng pinggir marga / apa baya arsa mèlèt / mulut marang raganingwang / arsa pinundhut garwa / e lae ya sokur-sokur / dak kauli bagusira //

lamun dadi laki mami / sun tan olèh lunga-lunga / manggunga ing omah bae / sandhang pangane manira / ingkang angulatana / rowange wuri anyêndhu / biyang têka neka-neka //

nora tolih warnanèki / abawuk lir kuwuk kawak / angame pinèt garwane / tangèh lamun kalakona / sira pinundhut garwa / pandugaku sêtun-sêtun / Si Suli parawan kênya //

dhasare ayu linuwih / môngsa dadak ngambil sira / dandanane tanpa gawe / rowange wuri sumêla / mring Suli ginaragap / cocog karo panêmuku / pandênge bae katara //

ênêre amung mring Suli / iya sapa wonge baya / umyat mring Suli citrane / kênya ayu tur jatmika / yèn ta mungguh puspita / nêdhêng mêgar gônda arum / pasthi rinubung brêmara //

samya arsa mamèt sari / sêdhêng gandane angambar / sarine wutuh tan kalong / Ni Rara Suli samana / tumungkul èsmu merang / jroning tyas sangsaya wimbuh / kadêrêng sêrênging brôngta //

enjangira Rara Suli / dènnya mèt toya tan arsa / sêsarêngan lan wong akèh / karsane angarènana / mangkana kacarita / ingkang tansah manggung wuyung / Sêkèbêr dera mangantya //

mring Rara Suli nglêrêsi / pêpanggyan tan ana janma / panduking netra kalihe / kumêpyur lir panjang putra / tibwèng sela kumlasa / rêmak rêmpu ajur mumur / Sêkèbêr mêksa ing driya //

têtanya mring Rara Suli / wel-welan dènnya ngandika / adhuh mirah ingsun anggèr / kang mawèh wuyung maringwang / mugi sun jatènana / ngêndi wismanta wong ayu / ni rara tumungkul lingnya //

nênggih griya wetan ngriki / watawis wolung surupan / lah punapa darunane / lan malih sintên paduka / punapa kang sinêdya / dene têka dadak dangu / dununging griya kawula //

Sêkèbêr manabda aris / rara yèn tanya maringwang / Baron Sêkèbêr wak ingong / marmanta ingsun têtanya / wismanta dhuh mas mirah / saking bangêting gung gandrung / mring sira lêng-lêng wuyungan //

kadi pêjah tanpa kanin / yèn andulu ing warnanta / kang lir Supraba citrane / marma nini tambanana / dimène mari brôngta / kalamun sirèku lumuh / angur baya patènana //

yêkti lamun tulus mati / wurung tan sida palastra / mung sira ingkang anggawe / ni rara sêrêt aturnya / dhuh adhuh ajrih kawula /Lebih satu suku kata: dhuh dhuh ajrih kawula. mênèk dèn rêngoni biyung / tan wande ngong jinêmalan //

pun biyung kalawan mami / tan wignya pisah sacêngkang / saari myang saratrine / Sêkèbêr ngangsêg wuwusnya / dhuh mirah wêlasana / dasihira mangke dalu / arsa panggih lawan sira //

kalamun wus lingsir wêngi / sayêkti dasih ta prapta / Ni Suli enggal lumèngsèr / sêlak ana janma liwat / marma Sêkèbêr mangkya / ing tyas kacuwan kalangkung / warnanên ingkang umentar //

dupi praptèng wisma aglis / rêrêsik sajroning wisma / nulya wêca mring renane / dhuh biyung mangke kawula / kaparênga tirakat / kêlêrêsan arinipun / Anggara Kasih prayoga //

arsa mêminta mring Widhi / widadaning jasad kula / bok rôndha sumaur alon / iya nini sakarsanta / sun rewangi mêminta / muga-muga bisa antuk / kang dadi rarasing driya //

Mijil

duk samana purnamaning sasi / umancur mancorong / ing awiyat sumilak padhange / panjrahing kang trênggana mimbuhi / asrining pangèksi / nyorot pating plancur //

citrane kang sasadara pèni / bundêr mêlok-mêlok / thithik datan ana ingkang cèwèt / tanpa kêdhèp kapyarsa nêksèni / trapira dera mrih / brêmara ngrurah rum //

taranggana sumêbar kaèksi / pating krêlip abyor / siniwakèng ngantariksa andhèr / kapengin wruh paran wasananing / kang samya makingkin / onêngan anggandrung //

dhêdhêp tidhêm prabawaning ratri / tan ana katongton / myang kapyarsa ing ratri têmahe / mung angganing maruta trus midid / anyêbar kang sari / mawèh gônda arum //

kadi asung sêsêgêr wêwangi / kang arsandon langon / mamrih sumyah sêgêring anggane / têmah mawèh wuwuhing dumadi / kinarya ngramèni / arjaning rat sagung //

kawuwusa wis mèh lingsir wêngi / mangkana sang sinom / tansah ngarsa-arsa ing rawuhe / sang kêkasih kang mawèh wiyati / sinambi ngêntèni / kêpatine biyung // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]