Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-11, #1644

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1929, #1644
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-01, #1644. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #353.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-02, #1644 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #385.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-03, #1644 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #386.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-04, #1644 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #387.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-05, #1644. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #388.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-06, #1644. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #389.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-07, #1644 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #390.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-08, #1644. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #391.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-09, #1644. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #392.
10.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-10, #1644. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #393.
11.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-11, #1644 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #394.
12.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-12, #1644 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #395.

Ôngka 88, 29 Jumadilawal Taun Ehe 1860, 2 Nopèmbêr 1929, Taun IV

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1379] ---

Ôngka 88, 29 Jumadilawal taun Ehe 1860, 2 Nopèmbêr 1929, Taun IV.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Academisch Ziekenhuis ing Leiden

[Grafik]

Gambar ingkang kacêtha ing nginggil punika, griya sakit panggenanipun para sêtudhèn ingkang sami nindakakên ing padamêlanipun, ingkang wusananipun lajêng pikantuk titêl dhoktêr.

--- 1380 ---

Kawruh Sawatawis

Bab Hakipun Tiyang Pribumi Tumrap dhatêng Siti (Inlandsch bezitsrecht) Egêndhom Pribumi, tuwin Egêndhom.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 87.

Kasêbut ing pranatan siti ingkang kadhawuhakên ing Sri Maharaja Nedêrlan, (Agrarisch besluit) kapacak ing ada-ada ingkang kapisan, bilih sadaya siti punika kagunganipun nagari, kajawi manawi wontên ingkang sagêd nêrangakên, bilih punika siti egêndhom, utawi egêndhom Jawi. Ingkang kamaksudakên ing ngriki, têrang bilih ingkang kawajibakên nêrangakên manawi siti egêndhom utawi egêndhom Jawi punika tiyang sanès. Manawi botên wontên ingkang sagêd nêrangakên makatên, siti punika têtêp nama siti nagari. Ananging nagari sagêd maringi hak siti dhatêng tiyang pribumi ingkang nama siti yasan utawi siti dhusun, lan sapanunggilanipun. Siti nagari wau lajêng botên nama siti lêgan malih (onvrij staatsdomein). Sanadyan siti punika taksih nama siti nagari, nanging sawêg dipun sambutakên dhatêng tiyang pribumi, ingkang botên kenging kasade dhatêng tiyang sanès bôngsa. Ingkang sagêd dipun paringi hak siti inggih punika tiyang-tiyang pribumi utawi dhusun. Manawi ingkang kangge tiyang-tiyangipun, nama siti yasan. Manawi kangge dhusun, nama siti dhusun. Lampahipun sagêd kaparingan siti dening nagari, inggih punika sabab saking maris, tumbas saking kancanipun, utawi ambubak siti nagari ingkang lêgan (vrij staatsdomein).

Tiyang pribumi kajawi sagêd gadhah hak siti yasan utawi siti dhusun, ugi sagêd anggadhahi hak egêndhom Jawi (Agrarisch eigendhom). Mênggah bedanipun kalihan siti yasan utawi siti dhusun, makatên:

Siti yasan utawi siti dhusun, punika èstunipun botên dipun watêsi. Siti punika dipun perang-perang dados pêrsil-pêrsil, sabên pêrsil dipun perang-perang dados pintên-pintên siti yasan utawi dhusun, sami kalihan cacahipun tiyang-tiyang ingkang gadhah hak. Ingkang amerang-merang punggawa lanrèntê mawi landhêsan aturanipun tiyang-tiyang siti ing ngriku. Wondene perang-perangan wau botên dipun watêsi, sarta sabên tiyang botên lajêng dipun sukani gambaring sitinipun. Pramila jêmbaring siti satunggal-satunggalipun miturut pêthuk, botên têmtu cocog kalihan mêsthinipun. Trêkadhang manawi kasêbut ½ bau, kawontênanipun siti ½ bau langkung 10 iring, utawi ½ bau kirang 10 iring. Ingkang makatên wau jalaranipun botên sanès sabab botên wontên watês ingkang lêrês. Egêndhom Jawi punika sagêd pikantukipun saking pinuwunan dhatêng presidhèn landrad. Manawi kawontênanipun siti sampun dipun priksa, sarta sampun salêsih botên wontên tiyang pribumi ingkang kawratan, lajêng dipun paringi bêslit, sarta sitinipun dipun têtêpakên dening kadhastêr tuwin kadamêlakên gambaripun. [gambaripu...]

--- 1381 ---

[...n.] Makatên ugi sitinipun dipun watêsi mawi pathokan sami kalihan egêndhom. Wragadipun badhe damêl egêndhom Jawi botên kathah kados manawi nyuwun egêndhom, sabab botên prêlu lajêng tumbas dhatêng nagari botên punapa, cêkap siti yasan, karebah dados egêndhom Jawi. Wondene egêndhom Jawi punika, ugi botên kenging kasade dhatêng tiyang sanès bôngsa.§ Nanging sanès bôngsa wontên kemawon akalipun badhe andarbèni siti makatên wau, inggih punika sarana matah tiyang pribumi (ingkang kathah gundhikipun utawi sanak sadhèrèking gundhikipun) kapurih ngakêni tumbas. Sarana akal ingkang makatên wau, sitinipun punika sayêktosipun inggih dèrèng dados gadhahanipun ingkang ambayari. Ananging kathahing tiyang Jawi botên mangrêtos dhatêng pranatan punika. Mila tiyang ingkang ambayari wau inggih lajêng kanggêp dados ingkang gadhah.

Bab egêndhom Eropah ingkang sampun kula têrangakên, punika ingkang utami piyambak, sabab watês-watês kêdah wontên, sarta kagambar. Sarta malih kenging dipun sade dhatêng sintên kemawon.

Sapunika kula sampun nêrangakên hak siti warni 3, inggih punika: yasan utawi siti dhusun egêndhom Jawi, tuwin egêndhom Eropah, pranatan siti nyêbutakên warni-warnining sarta beda-bedaning satunggil-sartungiling hak siti, satunggiling hak langkung kiyat tinimbang sanèsipun. Nanging sanajana makatên, èstunipun beda-bedaning hak wau, namung kasêbut wontên dêlancang kemawon. Sadaya hak punika sami kemawon tumrap dhatêng panganggenipun.

1. Siti ingkang hakipun beda-beda wau ugi sami kenging dipun tanêmi utawi dipun ênggèni.

2. Sadaya ugi kenging dipun waris.

3. Sadaya kenging dipun sade. Nanging yasan tuwin egêndhom Jawi botên kenging dhatêng sanès bôngsa, ingkang maksud panjagi.

4. Sadaya manawi kakarsakakên nagari (onteigening) ugi têmtu klayan dipun tumbas.

Wontên beda ingkang prêlu tumrap hak siti warni tiga wau inggih punika: siti yasan utawi dhusun, punika botên sagêd dipun gantosakên cara Eropah (hypotheek), kajawi namung dhatêng bale arta (Volkscredietbank) dipun damêl kridhit pêrban (credietverband). Wondene manawi egêndhom Jawi kenging dipun gantosakên (hypotheek) nanging botên kenging kasade dhatêng tiyang sanès bôngsa. Dene egêndhom cara Eropah punika sampun mumpuni sadaya, kenging dipun gantosakên, kasade dhatêng sintên kemawon, sapanunggilanipun.

Credietverband punika ugi saèmpêr Hypotheek. Ingkang dipun paringi wêwênang kangge damêl tanggêlan, credietverband namung bale arta (volkscredietbank) nanging sarèhning ingkang dipun patrapi credietverband punika siti ingkang botên kenging kasade dhatêng sanès bôngsa sarta bale arta botên sagêd anggadhahi siti yasan utawi dhusun, amargi watoning bale arta cara Walandi (Rechtpersoon Walandi), ingkang têmtu siti ingkang kangge tanggêlan bale arta, ajinipun ugi suda. Upami pantêsipun pajêng f 800,- bale arta namung purun f 500,- utawi f 600,- manawi ingkang kangge tanggêlan egêndhom Jawi, têmtu ajinipun botên mindhak katimbang kalihan siti yasan utawi siti dhusun, nanging kemawon tiyang gadhah egêndhom Jawi sagêd anggantosakên [ang...]

--- 1382 ---

[...gantosakên] dhatêng sadhengah tiyang (hypotheek).§ Ananging mirid kawontênan, awis kalampahanipun, malah bokmanawi dèrèng nate kalampahan, ajaran: agraris egêndhom punika namung hakipun tiyang siti, manawi kangge tanggêlan nyambut arta mawi hipotik, bôngsa mônca ingkang mêsthi masa puruna. Jalaran manawi ingkang nyambut botên sagêd nyaur, anggèl panyadening siti wau, sababipun bôngsa mônca botên sagêd tumbas, têtiyang Jawi umumipun botên gadhah arta. Red. Wondene egêndhom cara Eropah punika ingkang pajêng piyambak, amargi sampun mumpuni sadaya, kenging dipun haki dening bale arta, kenging kasade dhatêng sanès bôngsa, sapanunggilanipun.

Ingkang sagêd angajêngakên ajining siti yasan utawi dhusun utawi egêndhon Jawi punika, manawi wontên bale arta ingkang watonipun cara Jawi (Inlandsche rechtspersoon). Ing ngriku bale arta sagêd angajèni rêgining siti ingkang kangge tanggêlan dhatêng bale arta wau, bale arta Jawi punika kenging ngêhaki siti piyambak, dados upami nyade botên prêlu kêsêsa, sagêd pados tiyang ingkang purun tumbas kalayan pantês.

Têmanggung ping 19/10-1929, N. S.

Panggulawênthah

Papan Pangupakaraning Lare (Jeugdzorg) ing Bogor

(Candhakipun Kajawèn ôngka 87)

Andharan bab kawontênanipun papan pangupakaraning lare ing Bogor, ingkang kapacak wontên ing Kajawèn ôngka 86 lan 87 kados sampun cêkap kangge anelakakên mênggah agênging pigunanipun papan pangupakaraning lare wau. Sanadyan ingkang sagêd kapulasara wontên ing ngriku ngêmungakên lare-lare anaking bôngsa Walandi ingkang umur 1 dintên ngantos dumuginipun umur 8 taun, ewadene prêlu kaandharakên wontên ing Kajawèn ngriki, pangajêng-ajêngipun botên sanès, bokmanawi ing têmbe sagêd dipun tiru dening pakêmpalan-pakêmpalan Jawi, ingkang sêdyanipun ugi badhe ngudi mulasara lare-lare ingkang pinanggih kapintên.

Ing Kajawèn ôngka 87 sampun kajangjèkakên badhe adamêl andharan sawatawis mênggah kawontênanipun nonah ingkang dados dhirèktrisê ing papan pangupakaraning lare ing Bogor ing sapunika, inggih punika nonah Bosch, sarta ing ngriku sampun kacariyosakên, bilih nonah wau sampurna ing kasagêdanipun tuwin unggul gêgayuhanipun. Dene ingkang badhe kaandharaken ing ngriki samangke, ing bab ungguling gêgayuhanipun wau, ingkang sayêktosipun angèngingi dhatêng bôngsa kula Jawi, langkung malih tumraping para wanita. Mila samangke prêlu kaandharakên sawatawis punapa ingkang dipun ngêndikakakên dening Nonah Bosch wau, kados ing ngandhap punika.

Kula punika namung badhe anêtêpi bêbasan: amatra kilasa. Inggih bêbasan makatên punika ingkang dados dhêdhasaring pikiran ingkang badhe kula

--- 1383 ---

tindakakên. Sagêda anglênggahi dhatêng kagunan tuwin kawruh Jawi, tumrap pikiran, pakulinan saha tata caranipun, cêkakipun sagêda anglênggahi dhatêng samudayanipun ing sasagêd-sagêd kula.

[Grafik]

Papan patilêmaning lare-lare ingkang kapulasara ing ngriku.

[Grafik]

Para murid ing kursus B kala sawêg sami sinau olah-olah.

Niyat kula badhe angajêngakên dhatêng wanita bôngsa Jawi, anuntuni ing bab kagunan tuwin kasagêdan, nanging tumrapipun wanita ingkang kêpengin badhe majêng, botên badhe kula tuntuni kawruh tuwin kasagêdan cara kilenan, punika botên. Sêdya kula sasagêd-sagêd ngêmungakên badhe nênuntun, murih wanita bôngsa Jawi: nyumêrêpana, mangrêtos, sarta angrêgènana dhatêng kagunanipun piyambak, kados ta: babagan bathikan, nênun, nganam-anam, lan sasaminipun. Lan malih kawuh wetanan, kadosdene: Sanskrit Jawi, Arab, kawruh kabatosan lan sapiturutipun. Dados ingkang kula kajêngakên, sumêdya nênuntun dhatêng para wanita bôngsa Jawi, sampun ngantos kawanitanipun wau namung awujud nyonyah kemawon, nanging sagêda anêtêpi kautamaning wanita Jawi ing lair batosipun, dados kêdah anyumêrêpi utawi angawaki piyambak, dhatêng bab kagunan kasagêdan cara Jawi. Jalaran saking punika kula botên gadhah niyat badhe anjuju piwulang cara kilenan, ingkang pikantukipun botên ngurakabi dhatêng kawontênaning gêsangipun, awit kawruh kilenan ingkang sampun dipun wulangakên wau botên sagêd dados dhêdhasar, beda sangêt kalihan manawi wulangan wau ngangge dhêdhasaripun piyambak. Mila saking sakêdhik wanita Jawi kêdah dipun lêbêti wulangan cara wetanan, inggih punika ingkang dados bakunipun. Miturut saking pamanggih kula, manawi wanita bôngsa Jawi sampun ngancik dhatêng wulangan makatên punika, ing ngriku badhe tuwuh ing kêkiyatan [kêkiya...]

--- 1384 ---

[...tan] tuwin kaluhuranipun. Mila kula lajêng abudidayaambudidaya. murih para wanita Jawi sagêda wangsul rêmên malih dhatêng kagunanipun piyambak. Sajatosipun, wanita Jawi punika landhêp utawi lantip sangêt panggraitanipun, anggadhahi raos dhatêng bab kagunan, ananging piyambakipun kêdah anyinau ngindhakakên tuwin anyaèkakên raosipun piyambak wau, dados para wanita Jawi kêdah purun nindakakên malih dhatêng bab kagunan, kados ta: ambathik, nênun, nyulam mawi bênang êmas, nganam-anam lan sasaminipun, sagêda wangsul kadosdene nalika sawêg luhur-luhuripun kagunan Jawi.

[Grafik]

Papan pirantosipun lare ingkang kirang saras dipun soroti ing bêntèring surya.

Cêkakipun sadaya pambudidaya ingkang sae tuwin kenging dipun tindakakên, badhe kula pigunakakên, murih para wanita Jawi sagêda anggayuh dhatêng inggiling sêsêrêpan tuwin alusing bêbudèn.

Makatên mênggah wosing pangandikanipun Nonah Bosch wau.

Luhuring bêbudènipun satunggiling wanita bôngsa kilenan ingkang têmên-têmên sumêdya angajêngakên, angunggul-ngunggulakên, tuwin sumêdya ngorbanakên saliranipun, punika dados satunggiling rêmbag ingkang saklangkung wigatos tumrap bôngsa kula Jawi sadaya. Nitik ingkang sampun dipun ngandikakakên kasbut ing nginggil, saha cocogipun kalihan kawontênan ingkang sampun katindakakên dening Nonah Bosch ing samangke punika, kula sadaya bôngsa Jawi wajib sami atur panuwun, punapa malih kêdah sami tumut ambiyantu murih enggala kadumugèn punapa ingkang kasêdyakakên ingkang saklangkung utami wau.

[Grafik]

Gambar nginggil punika blakipun dhusun Tulungagung, Gêdhong Tatakan, Lampung.

--- 1385 ---

Jagading Sato Kewan

Istiyar Panulaking Ama Sêmut Ngrubung Têtêdhan

Para maos sampun wuninga, ing sabên griya sampun mêsthi wontên sêmutipun warni-warni, jinising sêmut alit ingkang dados ama: ngrêrubung utawi môngsa barang têtêdhan sêkul, ulam, panganan, wowohan sapanunggilanipun, langkung-langkung têtêdhan ingkang lêgi-lêgi, botên kenging lena sakêdhap netra, sêmut-sêmut atusan lajêng sêsarêngan ngrêrubung utawi mamôngsa, ngantos têmahan têtêdhan wau botên kalap utawi lajêng namung kabucal dening sampun kêbak sêmut. Dene ingkang asring ngrisakakên têtêdhan punika, adhakanipun sêmut pudhak, sêmut gatêl, sêmut gêni tuwin sêmut cêmêng rikat. Namung barang têtêdhan ingkang pandèkèkipun wontên ing lodhong katutup rapêt, punika sêmut-sêmut wau botên sagêd ngrêrubung utawi môngsa, nanging kok janji ingkang botên kalêbêtakên lodhong katutup rapêt, têmtu lajêng dipun rubung sêmut.

Istiyar ingkang kaprah kangge ngrika-ngriki, barang têtêdhan ingkang pandèkèkipun namung blak-blakan botên kasumpêt ing lodhong sasaminipun, punika adhakanipun namung dipun rambang ing toya, murih sêmut-sêmut wau botên sagêd marambat dhatêng wadhahing têtêdhan, panulak sêmut sarana rambangan toya ing piring, mangkok utawi sanès-sanèsipun, punika sayêktosipun taksih dèrèng mikantuki lan dèrèng sapintêna mênggah paedahipun. Namung jam-jaman kemawon toyanipun lajêng kataman rêgêd balêdug sasaminipun, mila bilih dede toya bêntèr, sêmut-sêmut taksih sagêd narajang anglangèni, wêkasan marambat dhatêng wadhah ngantos dumugi panggenaning têtêdhan. Kaping kalih toya sagêd wutah, anêlêsi utawi ngrêgêdi meja pandèkèkaning rambangan, kaping tiganipun bilih rambangan ingkang badhe dangu kanggenipun, sabên dintên toyanipun kêdah santun enggal ingkang bêntèr utawi rêsik, bilih botên dipun santuni anggônda kêcut sarta kenging rêrêgêd, sêmut-sêmut sagêd narajang, ngêkathahi rèbyèg.

Wondene istiyar kangge panulak sêmut ingkang prayogi sarta pikantuk, punika karambanga bubukan mrica tulèn ingkang rêsik sarta garing.

Tuladha I

Anyadhiyakna piring gêlas punapa porsêlin, utawi piring manci sasaminipun ingkang rêsik alus sarta garing, ing têngah-têngah katumpangana bokor, punapa mangkok utawi gêlas saprayoginipun ingkang kadamêl andèkèk têtêdhan, ing sakubênging bokor utawi gêlas wau, nuntên kauwur-uwurana bubukan mrica, tipis-tipisan kemawon nanging ingkang radin, panggêrusipun mrica kapara ingkang lêmbat, sampun ngantos kambêtan barang têtêdhan utawi lêgi-lêgi, têlês-têlês. Lah ing ngriku sêmut-sêmut lajêng tobat kajêngipun piyambak, botên wontên ingkang wani ngambah utawi narajang.

--- 1386 ---

Ing wêkasan barang têtêdhan ingkang kadèkèk wadhah ngriku sagêd wilujêng botên karubung sêmut, makatên malih panganggenipun mrica wau awèt sangêt botên têlas-têlas lan botên susah nyantuni, satunggal sèn sagêd kangge pintên-pintên wulan, kenging dipun pindhah-pindhah, anggêripun taksih rêsik sarta garing.

Tuladha II

Sukuning meja dhahar utawi meja kangge pandèkèkan barang têtêdhan padintênan, sami kalambarana piring utawi cawan ingkang alit-alit, nanging kêdah ingkang alus sarta garing, nuntên lambaran ing sakubênging suku meja dipun uwur-uwurana bubukan mrica kadosdene tuladha I kasêbut nginggil, punika sêmut-sêmut ugi tobat, botên sagêd marambat sukuning meja dening kapalangan bubukan mrica wau. Wusana nyumanggakakên.

Pambantu 585.

Raos Jawi

Kadospundi Mênggah Antêping Wanita lan Priya

Botên jaman purwa botên jaman sapunika wanita utawi priya punika manawi kadhasaran manah mantêp, sampun malih sakit, dumugi pêjah inggih dipun andhêmi. Kasêbut ing Sêrat Baratayuda tuwin sanèsipun ingkang sampun kula sumêrêpi, kadospundi susah tuwin polahipun Dèwi Sêtyawati, pramèswarining narendra Mandaraka, nalika ingkang raka Prabu Salya kasambut ing adilaga, wontên ing Kurusêtra, nyenapatèni sata Korawa, ing ngriku sarêng Dèwi Sêtyawati mirêng yèn raka nata seda ing paprangan, lajêng tindak madosi ing pundi panggenanipun kunarpaning raka Prabu Salya. Amung kadhèrèkakên êmban satunggal, lan ambêkta curiga, nasak-nasak bêbathang, sabên wontên rata pinariksa dipun iling-ilingi, saking anggènipun badhe priksa kunarpaning priya, sarêng pinanggih sang rêtna suduk jiwa, kocap ing sêrat ngriku atmanipun runtung-runtung dhatêng Ngendrabawana.

II. Ugi ing Sêrat Baratayuda, nalika Radèn Abimanyu kasambut ing pupuh, garwanipun Dèwi Siti Sundari saha Dèwi Ontari badhe bela, nanging Dèwi Ontari sawêg anggarbini, ila-ila botên prayogi, manawi wanita anggarbini badhe bela priya, dados namung Dèwi Siti Sundari ingkang bela suduk jiwa, samantên mênggahing wanita manawi kadhasaran manah mantêp dumugi pêjah dipun wujudi. Têtuladan antêping wanita ingkang samantên wau, upami katulad inggih utami sangêt, inggih botên ta yèn ngêplêki, blas-blês suduk jiwa, rèhning sapunika sampun botên anjaman, botênipun inggih ngirib kemawon sampun nama utami. Wosipun jaman sapunika ingkang nama mantêp punika wanita

--- 1387 ---

ingkang mungkul dhatêng kakungipun thok.

Kocap ing Sêrat Baratayuda tuwin pakêm sanèsipun, wanita ingkang kadhasaran manah botên mantêp ing priya, mangro tingal, inggih punika Dèwi Banowati, pramèswari Ngastina, sarêng raka nata seda lajêng kagarwa Radèn Arjuna, lan malih sadèrèngipun raka nata seda inggih sampun mangro tingal, sèdhèng ing priya, nanging pinanggihipun inggih botên lêstantun sadayanipun, kaluhuran, kawibawan, sarwa kacuwan. Dados botên jaman purwa botên jaman sapunika, wanita punika manawi kadhasaran manah mantêp inggih sêtyatuhu ing wacana, botên ambalenjani. Kosokwangsul kalihan ingkang kadhasaran manah botên antêpan, inggih kados Dèwi Banowati wau, botên mada endahing warni, namung cacadipun cidra ing ubaya.

[Grafik]

Kala Prabu Suyudana dhaup kalihan Rêtna Banowati, dipun patahi dening Arjuna tuwin Rêtna Dursilawati.

Mênggahing priya, antêpipun dhatêng wanita, jamana purwa, jamana madya, jamana sapunika ingkang kathah inggih namung wontên ing lathi kemawon (inggih botên sadaya priya, kula matur ingkang kathah) têmtunipun inggih wontên ingkang sabda pandhita ratu.

Ingkang kacriyos ing sêrat waosan ringgit madya, lampahan Anglingdarma, nalika pabên lan ingkang garwa Dèwi Srêngganawati, prakawis anggènipun sang rêtna nyuwun wuruk aji Suleman, botên dipun turuti, wusana lajêng beka, aluwung seda, nyêmplung [nyê...]

--- 1388 ---

[...mplung] latu yèn botên dipun turuti, môngka Prabu Anglingdarma sampun prasêtya dhatêng garwa, nyêmplunga latu, ambyura ing sagantên, badhe sarêng, cêkakipun sampun mantêp saèstu, wusananipun sarêng ingkang garwa nyêmplung latu, inggih namung nyawang kemawon, lah punika harak inggih nama prasêtya ingkang mandhêg wontên ing lathi kemawon. Dados mênggahing priya inggih anggadhahi manah mantêp lan prasêtya. Nanging ingkang kathah (ingkang kathah lo) prasêtyanipun tamtu anggadhahi têgês kados prasêtyanipun sawênèhing priya, dhatêng garwa makatên: Dhiajêng, rèhning aku lan kowe wis pinarêng jodho, aku nglairake prasêtya mênyang kowe, dhiajêng, mati aku, mati kowe, mati kowe mati ka-ku. Hêm, harak inggih kawon sapalih, prasêtya ingkang makatên punika kajawi botên adil ugi nama anggalap mênang. Môngka wanita punika manawi kadhasaran manah mantêp inggih têrusing salêbêting sanubari saèstu. Wasana tutuping orean kula punika, manawi wontên lêpat tuwin kithaling têtêmbungan, mugi sami karsa angêgungakên samodra pangaksama.

Wanodya Jawi kolot.

R.r. Siti Suharti. Sukuning ardi Marbabu.

Jagading Wanita

Jagading Priya Wanita

Ananggapi karanganipun Wara Sumantriyah, ing Kajawèn tanggal kaping 19 Oktobêr 1929 ôngka 85.

Kawistara ing panyitra Wara Sumantriyah ngêmu duka dhatêng para priya, kagalih angalang-alangi ajênging para wanita, makatên ugi têtela sangêt anggènipun mèri dhatêng priya ingkang nuju jagong ing panggenan tiyang bayèn, punapadene ing kamarbolah.

O, sabar rumiyin, mugi sampun kasêsa duka, mindhak tuna ing panjôngka. Tumindak kanthi napsu punika tangèh sagêdipun lêrês, têmtu botên sagêd sae kanthi pratitis. Kula aturi anglêrêmakên panggalih ingkang sangêt kêdhêripun, toya ingkang taksih kocak sarta buthêk, kaênêbakên rumiyin. Samawana mugi sampun andadosakên singgêt runtiking panggalih, kabêkta saking sangêting pamurina, kula atur pêpèngêt kados ing ngandhap punika.

Kawuningana sang putri, kula punika ewoning kaum kolot (Majapait), dene panjênêngan sampun têtela kaum kamajêngan saèstu kaping 1929, suwawi kapirêngna.

Sajatosipun, pamawasing priya dhatêng wanita punika, asih, wêlas lan trêsna. Pangrêksanipun pindha ngrêksa dhatêng mêmaniking mripatipun piyambak. Saèstu, botên goroh, kajagi [kaja...]

--- 1389 ---

[...gi] sangêt sampun ngantos kaplantrang, mindhak sorang-sorang. Satêmah manggih wirang. Botên kêmba tansah anyidhikara, para wanita sagêda mulya nêtêpi kasusilan. Mêdala saking bêbasan ngrubyuk kabotan tapih. Sumingkira saking pamêcanipun para linangkung jaman kina-kina. Mriksanana Sêrat Darmagandhul, kajugaga kemawon, wiwit bêdhahing kraton Majapait, satamatipun. Suraosipun têka cundhuk kalihan pangandikanipun Tuwan Petruk ing Kajawèn ôngka 84 makatên: lakirabi enak jaman saiki kiyi kudu nganggo dibawani luwih dhisik.

Dhuh para panuntuning wanita, kula mangayubagya sangêt dhatêng tindak panjênêngan ing jaman kamulyan, nanging kêdah ngatos-atos, margi ingkang badhe panjênêngan langkungi gawat sangêt, kathah bancana ingkang anggora-godha. Sampun uwas sumêlang, pamberating bancana sampun ing asta paduka, inggih punika: prayitna, wiweka, wiragnya.

Sampun cuwa kêmba, dene kataman ing pamada, kados pangandikaning priya, ingkang sampun paduka têrangakên piyambak: la kae barêng wus ngadêgake kumpulan, andina-dina namung padha grudag-grudug, cêkakakan urut dalan, makatên ugi pangandikanipun: Kaki Dhoyok, lan Kyai Bancak, ing Kajawèn ôngka 75 makatên: sing tak prihatinake kuwi tumrape prawan yèn kasusilane rada kêlepyan, kok ya ngisin-isini têmênan, tindak-tanduke bok ya rada milih papan, nèk guyu bok aja cêkakakan. Sajatine wong wadon iku nèk guyu ora kêna sêru-sêru, mèsêma bae rasane wis luwih rahayu, malah bisa anglumprukake bayu, tur kasusilane ora layu.

Wangsulanipun Kaki Dhoyok: hara coba rasakna sing bênêr, yèn wong tuwa bangêt anggone angêkêr, mêsthi akèh wong ngira ora mèmpêr, nanging yèn wong tuwa panjagane kurang santêr, sok adhakan lakune dadi kêblingêr, yèn kalakon kabanjur tinêmu kèngêr, sabên wong ngarani anggônda bangêr.

Sadaya ingkang kasêbut ing nginggil mugi sampun sami salah tampi, sadaya wau namung mligi pangeman.

Wasana panuwun kula dhatêng para panuntuning wanita, mugi santosaa angrungkêbi susila, katancêpna ing cipta, pambirating talutuh sarana budi rahayu santosa. Nanging sampun lajêng enggal duka.

Priya punika sampurnanipun kanthi wanita. Kancana sampurnanipun kanthi sêsotya. Priya sanepanipun kancana, wondene wanita sanepanipun sêsotya.

Sumôngga sami kagaliha.

Kula pun, Wrêda Praja Batanakawarsa, ingkang sawêg wontên ing Jakêrta.

Sastra Adikusuma.

--- 1390 ---

Waosan Lare

Kasugihaning Tiyang Cêthil (Cariyos Hindhu)

Karanganipun Sitadèwi

V

Sarêng sampun rampung anggènipun sami nêdha, pirantosing pawon lajêng kabêkta Satyabati dhatêng ing dhusun badhe dipun asahi ing jêdhing. Sawangsulipun saking asah-asah lan adus, surya sampun badhe sêrap, badhe ocal-ocal malih sampun botên sagêd, mila Satyabati inggih botên nêdha punapa-punapa, lan sontên punika anakipun kêdah nrimah dipun bagèhi prasad saking candhi ing dhusun ngriku.

Enjingipun Dhinabandhu rumaos manggih rêribêd saèstu, manawi anggagas wragad-wragad ingkang badhe kasanggi. Sirahipun lajêng kraos mumêt, anggagas kathahing arta ingkang kêdah kawêdalakên. Salah satunggaling sênthong kêdah kapayu kangge mapanakên anakipun, pawonipun ugi kêdah dipun dandosi, utawi malih anakipun kêdah dipun sukani arta blônja padintênan tuwin dipun tumbasakên wos, lan sasaminipun. Wragad-wragad punika wau mêksa dèrèng nyêkapi sadaya. Lare ingkang cilaka punika kêdah dipun sandhangi, samantên ugi êmbokipun. Kenging punapa dene rikala bapakipun pêjah, Balahi botên kabêkta pisan. Lare punika tamtu badhe mlaratakên Dhinabandhu.

Sanajan eman-amana ingkang kados punapa, Dhinabandhu kêdah ngêdalakên arta. Salah satunggiling sênthong kapayu atêp, pawon ugi dipun dandosi. Satyabati kalihan anakipun sami ngrêsiki gêgrumbulan tuwin rêrungkudan ingkang anjalari plataran ngajêng kados wana alit, supados manawi kaambah botên nguwatosi. Panggenan ingkang pêtêng punika sapunika ugi kapadhangan dening soroting dilah kalih utawi tiga. Sarèhning Satyabati sabên dintên ocal-ocal, Dhinabandhu sapunika inggih tumut-tumut sarapan, pamanahipun, anggènipun cucul wragad sampun tikêl, dados inggih botên susah ngêngirangi ingkang botên prêlu. Namung wontên prakawis saêbab ingkang dipun têtêpi sayêktos dening Dhinabandhu, inggih punika botên nglilani pisan-pisan, bilih Satyabanti anggènipun ocal-ocal sadintênipun langkung saking sapisan, mindhak kêkathahên wragad. Lare manawi dalu botên narimah nêdha prasad saking candhi dhusun ngriku kemawon punika punapaa. Dhinabandhu dumuginipun ing wêkdal samantên ingkang katêdha manawi dalu inggih namung prasad thok. Ing bab punika Satyabati botên sagêd punapa-punapa.

(Badhe kasambêtan)

--- 1391 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Isinipun Sêrat ingkang Nama Ons Wapen

Garèng : Wah, Truk, apa kowe wis maca karangane sawijining jurnalis gêmblengan - dadi dudu jurnalis cecrekan kaya wujudmu sing ora enak kuwi - kang saikine isih ana ing Eropah. Jênênge jurnalis jêmpol kiyi - ora mung jêmpol tangan bae, nanging malah jêmpol sikil, dadi luwih gêdhêm - Tuwan Muhamad Tabrani, lan kêpalaning karangan mau disêbut: Ons wapen têgêse upama cara Jawaa: gêgaman inyong. Wadhuh Truk isining karangan mau, pancèn iya mêmpêng lan wigati têmênan, upama jêjanganan mono, kêna dipadhakake karo jangan lodhèh, yaiku jangan kang bisa ngundhakake enake wong mangan. Mung bae karangan mau, sanadyana dipadhakake karo jangan lodhèh, ning jangan lodhèh sing kurang santêne, tur wis têlung dina lali ora diêngêt, dadi rasane kajaba kurang gurih, iya wis ayit, tur ngilêr.

Petruk : We, lha, padha bubar utêkku kanggo nômpa omongmu kiyi. Ing sakawit diarani mêmpêng lan wigati, nganti dipadhakake karo jangan lodhèh, ning kok jangan lodhèh sing kurang santêne lan wis ayit tur ngilêr, lho, kuwi kêpriye karêpmu.

[Grafik]

Garèng : Mungguh karêpku, isining karangan mau nèk didêlêng saprepetan, iya sajak wigati lan pêng-pêngan têmênan, nanging nèk diwaca kanthi pikiran, têka nunjang-nunjang, kaya wong sing wis kaliwat têlu utawa patang jam anggone ngumbe kastroli, dadi mlayu-mlayu kuwatir yèn kêbobolan luwih dhisik.

Petruk : Wiyah, kok ana-ana bae sing diomong, sajake kowe kok rada jèngkèl, mara, têrangna sawatara apa sing agawe ora sênênging atimu kuwi.

Garèng : Nèk tak omongake kabèh, sanadyan kowe ngantia mrungsungi manèh, iya masa bakal cuthêl-cuthêla, karo manèh koran-koran, iya koran Walônda, Mlayu utawa Jawa, wis padha masuh - ma ne ora diwulu, lho - kabèh, mulane aku kowe ora prêlu ngrêmbug kanthi rete-rete manèh, mung siji loro sing pantês padha dirêmbug ing kene. Mara Truk, pikirên, kandhane jurnalis mau jarene kaanane koran pribumi ing kene kiyi isih asor bangêt, [ba...]

--- 1392 ---

[...ngêt,] ora ngêmungake ing bab redhaksine, nanging uga mungguh ing kawruhe dagang. Anane kacingkrangan kang mangkono mau, jarene sabab saka kêkurangane wong sing ahli bab mau.

Petruk : Yèn anane koran-koran duwèke bôngsa inyong kiyi durung kêna diarani sampurna, kuwi pancèn iya nyata, nanging rak iya kudu dièlingi, yèn mungguh ing bab kuwi ing Indhonesiah kene rak lagi jênêng wiwitan, dadi rak iya mokal ta, yèn ujug-ujug banjur bisa sampurna bae. Nèk apa-apa sing wiwit ditindakake banjur sampurna bae, mêngko rak iya kalakon, ana bayi lair ujug-ujug bisa muni: owèk-owèk, anjaluk rabi. Lho, rak iya mokal ta. Dadi tumraping koran, wis mêsthine yèn wiwitane ora bisa ujug-ujug sampurna bae, nanging tansah niba tangi. Ewadene aku bisa amêsthèkake, yèn ing têmbe bakal bisa kalêksanan apa sing diancas, cêkake bisa anjajari karo koran-koraning bôngsa liya.

Garèng : Rak iya mêngkono, dadi mantêp nyang pikiran. Sabanjure ing karangan kono uga angandharake kapriye kudu lungguhe koran-koran kabangsan, nanging bab kiyi ora prêlu diomong, awit koran-koran liyane wis padha anyaruwe. Aku mung arêp anjaluk rêmbugmu mupakat lan orane saka pamrayogane jurnalis mau, supaya ing Indhonesiah kene dianani koran kabangsan, kang nganggo basa Walônda.

Petruk : Koran mangkono mau bisa dadi kauntunganing para nasionalis, sêmono kuwi yèn tumindake bisa cukup têmênan, têgêse: pawitane cukup, para redhakture mumpuni ing kuwajibane, mêngkono uga punggawa liya-liyane iya kudu sing mrantasi marang apa sing kudu digarap, cêkake anggêr bisa anjajari karo koran Walônda liya-liyane, nanging nèk mung satêngah-satêngah bae, kok iya jembit, dhing. Jalaran aku dhewe dhèk biyèn wis tau ngalami, ana pakumpulan Jawa ngêtokake koran nganggo basa Walônda. Pawiyatane tur ya rada cukup, kapintêrane redhakture sêdhêng, nanging sarèhning anane korane mau durung bisa padha karo koran Walônda liya-liyane, para têlèk Jawa iya sathithik sing padha kêrsa dadi langganan, wusana sajroning sataun koran mau iya banjur andadak diaturi pènsiun bae. Wis, samene bae dhisik, liya dina padha dibanjurake manèh.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat Kabar Sanès

Pambantu Kajawèn ing Tumpang martosakên: benjing ing dintên Salasa Lêgi tanggal 19 Nopèmbêr 1929, dhawah dintên sidhêkah kasadha, tumrap têtiyang ing parêdèn Tênggêr sami lêlabuh dhatêng kawahipun rêdi Brama. Dintên kasêbut nginggil punika sampun katêtêpakên kanthi mupakatanipun para dhukun dhusun sadaya. Dene nalika dintên Minggu tanggal 15/9-1929 punika têtiyang ing ngriku sami ropyan-ropyan wilujêngan unan-unan.

Sanadyan têtiyang ing tanah Jawi punika kaprahipun sampun agami

--- 1393 ---

Islam sadaya, ewadene ugi taksih wontên salah satunggiling panggenan, ingkang têtiyangipun ngriku taksih anglêluri agami Kabudan, kados ta: ing Tênggêr kasêbut nginggil punika têtiyangipun taksih mantêp sangêt anggènipun angrungkêbi agaminipun Kabudan (Brahma), mila tumrap jaman samangke inggih lajêng katingal anèh.

Dèrèng dangu punika, kusir andhong nomêr 502, gêgriya ing Lêmpuyangan (Ngayogyakarta) lapur dhatêng kantor pulisi, bilih nalika nglampahakên andhongipun saking Pacinan dhatêng Têgalrêja, wontên ing bulak sarana mori piyambakipun dipun tangsuli wontên ing andhong dening têtiyang kalih ingkang numpaki andhongipun wau, salajêngipun sadaya darbèkipun, gunggung rêgi f 85.50, dipun colong dening têtiyang kalih wau.

Wah, sajakipun têka kados wontên ing gambar idhup, bokmanawi kemawon tiyang kalih ingkang nglampahakên kadurjanan kados ing nginggil wau, ragi karêm dhatêng dêdongengan pambegalan nyara Amerikah, ingkang asring dipun pitongtonakên wontên ing gambar idhup.

Saking Bandhung Aneta martosakên kados ing ngandhap punika: dèrèng dangu punika Tuwan Ds. G. J Fernhout pandhita agami Protestan, adamêl sêsorah ing bab kawontênanipun dhangsah cara gagrag enggal. Miturut pangandikanipun tuwan pandhita wau, wontênipun dhangsah ingkang makatên wau, sagêd anjalari apês-apêsipun nêrak anggêr-anggêring Allah ingkang kaping 7 lan kaping 10 ingkang kasêbut ing kitab Torèt, jalaran ing ngriku dipun sêngaja anggugah hawa nêpsu. Amila tumrap têtiyang Kristên dhangsah cara jaman sapunika sampun mêsthinipun kêdah dipun awisi.

Tobat-tobat, ewadene para wanita Jawi têka wontên ingkang tiru-tiru, bokmanawi para putri wau kagungan pangintên, bilih sagêd dhangsah punika satunggiling bukti saking luhuring drajat tuwin ungguling kawruhipun. Wusananipun têka... biyung, biyung. Para wanita Jawi mugi tansah ngèngêtana ing bab punika.

Saking Madiun sêrat kabar De Kooerier angsal pawartos makatên:

Ing griyanipun Mariyun, ing dhusun Karangpalong, ondêr dhistrik Sampong Sumarata, wontên tiyang nama Suryana dipun cêpêng ing pulisi amargi kadakwa ambudidaya badhe angrêbahakên pamarentah. Tiyang wau kabêkta dhatêng Kêdhiri saha lajêng kapasrahakên dhatêng residhèn ing ngrika.

Pêthekan, koran-koran Walandi mangke rak lajêng andakwa pakêmpalan-pakêmpalan pribumi ingkang botên-botên. Tujunipun pamarentah botên pasah dipun obong-obongi koran-koran ingkang sami jail mêthakil wau.

Ing Kajawèn ngriki kados sampun kawartosakên, bilih tumrap anyinau pameranging padamêlan antawisipun amtênar pangrèh praja Walandi tuwin Jawi, sampun dipun wontênakên komisi, para warganipun inggih punika: Tuwan Kuneman residhèn ing Priyangan têngah, Tuwan Dr. Stoppelaar asasistènasistèn. residhèn ing Sêmarang tuwin Tuwan M. Muhamad Sêdiyana, patih ing Tulungagung.

Miturut sêrat kabar Java Bode, komisi wau sampun miwiti nindakakên padamêlanipun, dene rampungipun kintên-kintên 4 wulan.

Pakêmpalan wanita Katolik ing Ngayogyakarta, samangke katingal mêdal grêgêtipun, kabukti anggènipun tansah adamêl propagandhah ing pundi-pundi panggenan. Saking dayaning propagandhah wau, dèrèng dangu punika ing Munthilan tuwin ing Mêdari sampun dipun êdêgagên cabang, ingkang gunggunging cacahipun warga wontên 53. Botên watawis dangu malih ugi badhe ngêdêgagên cabang wontên ing: Klathèn, Surakarta, Sêmarang tuwin Blitar.

Môngga sadhèrèk-sadhèrèk wanita, samia tumandang sadaya, sarana sampun angèngêti dhatêng agaminipun piyambak-piyambak, ngêmungna ngèngêti dhatêng kamajênganing bôngsa tuwin tanah wutah rahipun.

Benjing wiwit tanggal 23 dumugi 25 Dhesèmbêr ngajêng punika, pakêmpalan Budi Utama badhe ngawontênakên konggrès ing Surakarta, dene ingkang badhe karêmbag wontên ing konggrès wau :

1. Tanggal 23 malêm 24 Dhesèmbêr, ngawontênakên parêpatan umum, ingkang badhe karêmbag ing bab pambanguning pranatan pangrèh praja, saha ingkang badhe sêsorah: Mr. R.P. Singgih.

2. Tanggal 24 Dhesèmbêr, dipun wontênakên parêpatan winados, ingkang badhe karêmbag usul-usuling cabangipun.

3 Tanggal 24 malêm 25 badhe angrêmbag ing bab: kawontênanipun ing tanah wetanan, kawawas miturut wêwatoning kabangsan, kasorahakên dening sêsêpuhipun Budi Utama Dr. R. Rajiman Widyadiningrat.

4 Tanggal 25 Dhesèmbêr, angrêmbag malih usul-usuling cabang-cabangipun tuwin nutup konggrès.

Dene dalunipun, tanggal 25 malêm 26 Dhesèmbêr, dipun wontênakên konggrès P.P.P.K.I. ingkang kapisanan.

Wontên kabar, bilih Tuwan Dr. Natanindita, ingkang suwaunipun sampun ngêdêgakên kantor urusan dagang wontên ing Pakalongan, samangke ngawontênakên piliyal wontên ing: Pêmalang, Têgal, Cirêbon, tuwin ing Purwakêrta. Kabaripun samangke padamêlanipun wau kabagi kalih golongan agêng. Ingkang sagolongan sadaya prakawis ingkang gêgayutan kalihan pangadilan, dene ingkang ngêpalani: Tuwan Ahmad Sarip, priyantun ahli kukum. Golongan sanèsipun ing bab urusan dagang, ingkang dipun kêpalani Tuwan Dr. Natanindita piyambak.

Para sadhèrèk Jawi, sampun wajibipun kula sadaya sami ambantu pambudidayanipun priyantun kêkalih wau, murih ing têmbe sadaya sagêd kacêpêng ing bôngsa piyambak.

--- 1394 ---

Wêwaosan

Sirwenda lan Danurwenda

Anggitanipun Muhamat Dohiri

4

[Mijil]

saya ratri sangsaya ngranuhi / kadaya-daya non / manggung maras dhêg-dhêgan driyane / nêngna ingkang datan sah makingkin / Sêkèbêr winarni / kêthumuk-kêthumuk //

tansah mulat nganan mulat ngèri / jroning tyas kuwatos / ambok ana kang uning patrape / dupi datan ana liyan janmi / saksana umanjing / pakarangan gupuh //

kagyat umyat nayakaning manis / mring janggêrênging wong / tumaratab gumrobyos kang riwe / sarêng cêlak cêtha ing pangèksi / têmpuking netra dwi / kumêlap dhêg-dhêg pyur //

pindha tugu anjêngêr tan mosik / kamitênggêng karo / cêngêng mulat sang dyah gya tumolèh / Sêkèbêr ngling: baya tan arjoni / umiyat mring dasih / sêmune kaduwung //

kadi ewa mulat mring wak mami / paran dosaning ngong / tiwasane karaya marene / têmah nora panuju ing kapti / yèn mangkono mami / kêparênga wangsul //

ginondhelan astanya sang pêkik / umatur sang sinom / sarwi nyiwêl mring radèn wêntise / sampun lajêng age-age runtik / milamba tumolih / saking tyas supênuh //

umyat maring kasêtyanta iki / dene boya linyok / têtêp têguh angasta jangjine / sang dyah mèsêm sarya balang liring / Sêkèbêr ngrakêti / angaras gêgêlung //

cêngkah molah amêmanas ati / gya sinambut alon / dhasar kênya sêdhêng birahine / panggih lawan kakung langkung pêkik / marasing tyas tistis / rukêt ngupu tarung //

ginunturan ing srênggara manis / alêsah kalêson / tan kuwawa gulawat anggane / binêkta mring sajroning jinêmrik / tansah kongah-kangih / maras jroning kalbu //

tan winarna lêlangêning sari / kang tansah karongron / wus katulan dènta mrih brangtane / rêmak-rêmpu alêsah tan mosik / munggwing pangkonnèki / Sêkèbêr nguswa rum //

surêm-surêm soroting kang sasi / mari amancorong / wus tumlawung kyai jakabèlèk / mratandhani mèh wanci byar enjing / Sêkèbêr lingnya ris / sarwi nguswa gêlung //

dhuh mas mirah pêpujanku nini / kaparênga ingong / yun umentar saking wismanta gèr / ari benjang pun kakang mariki / sang kênya ngaringik / mrêngut èsmu rêngu //

gya sinambut wau Rara Suli / sinèlèh paturon / kinakisik dyah palarapane / tansah manggung ingaras mawanti / asare kêpati / gya tinilar gupuh //

mentar saking jroning panti aglis / wis mèh trontong-trontong / tan winarna wau ing lampahe / tan kawruhan maring liyan janmi / Sêkèbêr wus anis / saking dhusun ngriku //

kawuwusa dupi wanci enjing / gumêrah sakèh wong / ni bok rondha umyat mring sutane / maksih mujung sêmune kêpati / dene tan ngalisik / anulya cinêluk //

dhuh dhuh adhuh sutaningsun nini / lah tangia dhenok / aywa pijêr manggung mujung bae / lah dulunên hyang surya wis inggil / kagyat Rara Suli / tangi pungun-pungun //

onênging tyas kadya jroning ngimpi / nulya mijil alon / mentar marang ing patirtan age / sawusira wau asêsuci / tan dangu anuli / umarak mring biyung //

sinambraman kadingarèn nini / kongsi kabêsturon / baya sira saratri tan sare / pratandhane dene ta ngalêntrih / saking bangêt arip / sêmune alêsu //

Rara Suli tanggap amangsuli / dhuh biyung ragèng ngong / ngantos dalu botên ngliyêp dene / sruning brata mêminta mring Widhi / têmahane dadi / aripe kalangkung //

sukur bage anggèr suta mami / dene bêtah dhenok / tarakbrata mangkono pancène / pakolèhe iku gêdhe nini / tumungkul Ni Suli / amangsuli arum //

marma mangkya kêparênga mami / manggèn anèng gandhok / môngka karya papaning panêpèn / Nyai Rôndha rumojong sakapti / tan pisan anggalih / lamun kênèng apus //

kawarnaa wau sabên ratri / ni rara nèng gandhok / marma langkung suka ing galihe / tan kacuwan dera akaron sih / nutug ing sakapti / Sêkèbêr angungrum //

sapa duwe rabi ayu luwih / intêning paturon / gandês luwês mawèh gung wirage / kumaraning wanodya sabumi / èsême malad sih / amulêd mawèh kung //

baya sira panukmaning sari / lêng-ulêngan golong / dene têka bisa murungake / wong ngumbara têmahan andasih / adhuh woding ati / kaparênga ulun //

angumbara midêr jajah nagri / nêrusake lakon / Rara Suli sumêdhot galihe / dadya anjrit nungkêmi mring laki / dhuh panutan mami / de tega pukulun //

nilar maring dasih ta kaswasih / paran wêkasing don / lah sumôngga kula panggihake / marang biyung yèn ta dadi runtik / pun dasih kadugi / dadi talang umur //

saurira Sêkèbêr rum manis / adhuh mirah ingong / yèn kongsia sira panggihake / yêkti wurung sêdyaningsun nini / amung wêkas mami / benjang ingsun wangsul //

lamun uwis katêkan ing kapti / yêkti nora linyok / Rara Suli manggung udrasane / ketang amung trêsnane mring laki / tambuh solahnèki / datansah anjêntung //

duk samana Sêkèbêr anuli / angaras sang sinom / sawusira nulya ngulungake / uwang êmas kang sêpuluh ringgit / angandika aris / adhuh pêpujanku //

tampanana dhuwit êmas iki / lah karyanên dhenok / apa ingkang sira karsakake / mung dasihe kaparênga pamit / ingaras mawanti / nulya mijil gupuh // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 91, 10 Jumadilakir Taun Ehe 1860, 13 Nophèmbêr 1929, Taun IV

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1427] ---

Ôngka 91, 10 Jumadilakir Taun Ehe 1860, 13 Nopèmbêr 1929, Taun IV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Lèpèn Nagara, Borneo

[Grafik]

Ing nginggil punika sawangan kawontênanipun lèpèn Nagara, Borneo.

--- 1428 ---

Kawruh Sawatawis

Bab Ewah-ewahaning Pangrèh Praja

(Bestuurshervorming Provincie, Regentschaps-Raad)

Sarèhning ing tanah Jawi Têngah benjing taun 1930 wontên ewah-ewahaning praja (Bestuurshervorming), inggih punika badhe kawontênakên Regentschaps-Raad, pramila kados botên wontên awonipun manawi kula ngandharakên bab Bestuurshervorming punika, ingkang prêlu bab Regentschaps-Raad. Ananging sadèrèngipun, kula badhe ngandharakên beda-bedanipun paprentahan jaman rumiyin kalihan jaman samangke.

Ing jaman rumiyin, inggih punika sadèrèngipun taun 1903, ing Indhia Nèdêrlan ngriki paprentahipun kacêpêng dening kuwaosipun tiyang satunggal, ingkang cara Walandinipun nama centraal gezag. Kajêngipun sadaya paprentahan ing Indhia Nedêrlan ngriki dados kuwaosipun Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksanan Gupêrnur Jendral. Sadaya kawontênan, kamajêngan, sarta sanèsipun punika, dipun tindakakên dening centraal gezag, dipun tanggêl dening Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral. Têtiyang ing salêbêtipun Indhia Nèdêrlan, botên gadhah hak kangge andhèrèk angrêmbag bab lampah-lampahipun paprentahan, sadaya punika ingkang angrêmbag inggih punika Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral, kabantu dening sadaya punggawanipun priyantun warni-warni.

Pramila rumiyin wujudipun paprentahan kados makatên, tanpa anggalih pirêmbag saking kawulanipun, bokmanawi rumiyin punika nagari dèrèng bêtah dhatêng pirêmbagipun kawulanipun, amargi saking dèrèng kathah sêsêrêpanipun, sarta malih ing nalika punika paprentahan punika kagêm nagari dèrèng rêkaos, taksih cêkap kaasta piyambak.

Nanging sarêng lami-lami, kitha-kitha sampun mindhak agêngipun, tiyang-tiyangipun mindhak kathahipun sarta kasagêdanipun, kawontênanipun pakaryan mindhak kathah sarta warni-warni, kêkajênganipun têtiyang wiwit warni-warni, punika sadaya adamêl indhaking karibêdanipun padamêlan nagari, wusana botên kaconggah angadani sarta nanggêl saening paprentahan ingkang dipun wêngkoni, manawi botên karencangan bawahipun.

Ingkang makatên wau anjalari nagari lajêng adamêl ada-ada, supados paprentahan wau botên dipun cêpêng dening nagari piyambak, ananging lajêng dipun lintirakên dhatêng wêwêngkon ing bawahipun (decentralisatie). Kajêngipun supados wêwêngkon ingkang alit-alit ing salêbêting jajahanipun nagari punika, ugi kawênangakên kangge amanah dhatêng kabêtahanipun piyambak. Dados ingkang rumiyin dipun galih dening nagari, lajêng dipun lintirakên dhatêng wêwêngkon alit-alit wau, wênangipun wêwêngkon alit anggènipun nindakakên paprentahan piyambak wau, dipun wastani otonomi [otono...]

--- 1429 ---

[...mi] (autonomie). Kajawi amanah dhatêng kabêtahanipun piyambak wau, wêwêngkon alit-alit ugi kêdah nêtêpi sadaya pangaturan ingkang kêdah dipun tindakakên ing saindênging Indhia Nedêrlan, bêbadan ingkang nindakakên paprentahan piyambak wau dipun wastani sèlêpbêstir (Zelfbestuur).

Ing ngriku panguwaosipun nagari (Centraalgezag) lajêng suda, amargi tanggêlanipun sawatawis dipun lintirakên dhatêng wêwêngkon alit-alit ing bawahipun, nanging kadadosanipun paprentahan lajêng mindhak utami, amargi wêwêngkon alit-alit wau têmtu langkung paham dhatêng bawahipun, tinimbang nagari, ingkang jajahanipun tikêlan agêngipun. Nagari botên têka lajêng ngêculakên tindakipun wêwêngkon alit-alit wau, nanging padamêlanipun lajêng nitipriksa lampah-lampahipun wêwêngkon wau, manawi wontên lêpatipun, kêdah dipun lêrêsakên.

Wêwêngkon alit-alit salêbêtipun jajahaning nagari wau dados botên nama mardika babar pisan (onafhankelijk) saking nagari, nanging kapurih nata kabêtahanipun piyambak kalayan dipun awat-awati dening nagari. Caranipun ngawat-awati punika wontên warni 2, inggih punika:

1. Manawi wêwêngkon alit-alit wau andamêl pangaturan, sadèrèngipun kêdah pikantuk idin (goedkeuring) rumiyin saking panginggilan, cara Walandinipun nama preventief toezicht.

2. Sasampunipun dados pangaturan, panginggilan wênang ngrisak pangaturan punika botên kenging dipun lampahakên (vernietigen) utawi nyêkorês schorsen. Cara Walandinipun nama repressief toezicht.

Wiwitipun nagari kagungan panggalih punika, tumapakipun wontên ing taun 1903. Ing taun 1903 punika nagari lajêng andamêl wet ingkang dipun êmotakên ing Regeering Reglement sapunika nama wet op de Indische Staatsinrichting. Ing wet ngriku kasêbutakên, ancasipun nagari badhe ngawontênakên ada-ada anglintirakên paprentahaning nagari (decentralisatie) wau. Tumindakipun wontên ing taun 1905 kapacak wontên ing Decentralisatiebesluit sarta ing Locale Raden-ordonnantie. Dening pranatan kalih warni punika ing Indhia Nèdêrlan ngriki kawontênakên wêwêngkon alit ingkang ngadêg piyambak, kangge paresidhenan namanipun Gewestelijke Raad, kangge bagiyanipun paresidhenan kados ta afdeeling nama Plaatselijke Raad. Kangge kitha namanipun Gemeenteraad. Ingkang kawontênakên Gewestelijke Raad sadèrèngipun wontên provincie inggih punika upaminipun, sadaya paresidhenan ing tanah Jawi tuwin Madura, kajawi Surakarta tuwin Ngayogyakarta. Plaatselijke Raad ingkang wontên ing Sumatra utawi salêbêting paresidhenan Bali Lombok. Dene Gemeenteraad ing kitha-kitha ing tanah Jawi têmtu wontên, kados ta: Batawi, Sêmarang sapanunggilanipun.

A.S.

(Badhe kasambêtan)

--- 1430 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja Ind. Arts ing Kudus

Sambêtipun Kajawèn nomêr 90.

Sasampunipun wudun mêcah, andadosakên bolong-bolongipun kêbuk ingkang lajêng sagêd gandhèng kalihan pang-pang pipa kêbuk (luchtpijpstokken) kêbuk dados risak, ananging botên mêsthi plênthing-plêthing wau sagêd dados wudun lajêng mêcah ngrisak kêbuk makatên, kathah plênthing-plênthing wau sagêd dados atos lajêng mêngkêrêt wasana saras. Nyatanipun kathah mayit-mayit ingkang dipun bikak (lijkopening) pinanggih ing kêbuk-kêbukipun wontên tôndha bithêt-bithit utawi mangkêrêt mrongkol alit-alit, katawis manawi plênthing-plênthing tuberculose ingkang sampun saras.

Tiyang ingkang sakit t.b.c. kêbuk kraos bêntèr utawi sakit bêntèr, manawi dalu kringêtên sangêt, nêdha botên ajêng utawi botên eca, badan susut, kêra, pucêt, ambêgan cêkak, watuk sakawit sakêdhik-sakêdhik lan angèl, dangu-dangu sagêd ngêdalakên idu riyak gampil mawi êrah sakêdhik, blirik. Manawi riyak kapriksa mawi microscoop katingal kathah basilipun t.b.c.

Tôndha-tandhanipun tiyang ingkang sakit t.b.c, kêbuk: dhadha ciyut botên jêmbar lan gèpèng kiwa têngênipun gulu nginggil lan sangandhap balung salang (sleuutelbeen) anjêgong utawi lêkok sangêt, badan kêra. Trêkadhang ingkang sakit namung watuk kemawon, badan botên bêntèr botên kêra, ananging manawi sêsakitipun sampun sawatawis majêng, têmtu lajêng katawis kados ingkang kasêbut ing nginggil. Langkung têrang manawi idu riyakipun ingkang sakit kapriksa mawi microscoop punika botên sagêd goroh, manawi pinanggih basil t.b.c dados sampun têmtu lêrês.

Trêkadhang idu riyakipun ingkang sakit dipun priksa (microscopisch) botên pinanggih basilipun, punika dhoktêr gadhah rekadaya malih kangge nêtêpakên lêrêsipun sakit t.b.c utawi botên, inggih punika manut: reactie van Perqeut makatên rekanipun: lêngênipun tiyang ingkang dipun kintên gadhah sêsakit t.b.c. kulitipun dipun pênthang ingkang kêncêng dipun rêsiki mawi alcohol sasampunipun kulit rêsik ing kalih panggenan bênggangipun kintên-kintên 16 cm. dipun tètèsi tuberculin (kadamêl asli saking basil t.b.c) antawisipun panggenan tetesan tuberculin wau têngah-têngahipun dipun cirèni mawi suntikan (dipun cublês sakêdhik) ing panggenan tetesan ugi dipun suntik (cublês) supados tuberculin wau sagêd lumêbêt ing kulit lajêng dipun tutup kapas lan plèstêr. Manawi ingkang sakit lêrês t.b.c panggenan suntikan ingkang wontên tetesan tuberculin salêbêtipun 48 jam, katingal mlênthing abrit kadosdene suntikan cacar, ingkang badhe dados wudun cacar makatên.

Mila prêlunipun reactie van Perqeut punika manawi ingkang sakit t.b.c konangan lajêng sagêd enggal [eng...]

--- 1431 ---

[...gal] katulungan dhoktêr, adat sagêd dipun ajêng-ajêng sarasipun.

Rêhning bôngsa kula racak-racak dèrèng mangrêtos bab ngèlmu kadhoktêran lan sapanunggilanipun, dados ingkang kathah anggènipun nêdha pitulungan dhoktêr sampun kasèp, wasana angèl sagêdipun saras.

Ingkang limrah ingkang sakit t.b.c kêbuk punika sagêd lami ngantos têtaunan nandhang sakit wau, botên lajêng enggal pêjah makatên, anangging kula nyipati piyambak lan sampun asring anjampèni tiyang sakit t.b.c kêbuk, sasampunipun ngêdalakên watuk êrah, sawatawis wulan lajêng pêjah. Trêkadhang wontên longtering ingkang sangêt bantêripun ingkang sakit bêntèr sangêt (galoppeerende tering) ing salêbêtipun saminggu ingkang sakit pêjah.

Watuk ngêdalakên êrah punika ingkang limrah lan kathah tiyang ingkang gadhah sêsakit long tuberculose, manawi rah badhe mêdal, ingkang sakit kraos bêntèr minggah ing dhadha, ing cangkêm kraos lêgi dhèhèm-dhèhèm watuk lajêng sumêrêp-sumêrêp sampun mêdal êrah utawi êrah campur idu saking cangkêm. Sêsampunipun êrah ingkang mêdal sapisan ical, ing lak-lakan kraos gatêl kêdah watuk lajêng watuk ngêdalakên glogok-glogok êrah kathah sarêng-sarêng saking cangkêm lan irung.

Saking kathahipun wêdaling êrah ingkang sakit lêmês, trêkadhang sêmaput.

Êrah ingkang mêdal punika warninipun abrit ambranang mawi mumpluk, adat ingkang sakit mawi bêntèr.

Ingkang sakit kêdah dipun lêlipur supados sampun alit manahipun, manawi bliyar-bliyur kêdah sêmaput, sirah dipun andhapakên, bantal-bantal dipun pêndhêt, dhadha ingkang kraos sakit dipun ijskop ingkang sakit kapurih nguntal pringkilan ijs lan botên kenging wicantên, manawi badhe pikajêng punapa-punapa nyêrata kemawon. Ingkang botên sagêd nyêrat cara tiyang bisu upami nêdha ngombe tangan kadamêl kados nyêpêng cangir utawi gêlas kacakêtakên cangkêm sapanunggilanipun. Badhe kasambêtan.

[Grafik]

Murid-murid sêkolah ing Eropah nuju bingah-bingah ing môngsa liburan.

--- 1432 ---

Jagading Wanita

Kamajêngan

Raka redhaktur, môngga rak lidok, ta, kula sampun asring matur botên badhe andhèrèk lêlumban wontên ing Kajawèn ngriki, awit kula sampun ngrumaosi piyambak, yèn mênggahing kawruh utawi kasagêdan kula pancèn taksih kacingkrangan sangêt, dados inggih botên kenging dipun paibên, manawi pamanggih kula asring talusuran botên kantênan. Ewasamantên kula matur sèwu nuwun dhatêng panjênênganipun Tuwan Sastra Adikusuma, dene sampun paring pêpèngêt tuwin sêsêrapan warni-warni, ingkang kapacak wontên ing Kajawèn ôngka 88 sarta ingkang sayêktos migunani tumraping para wanita. Nanging kula ragi kêmba sakêdhik, dene panjênênganipun Tuwan Sastra ambêkta-bêkta pangandikanipun Tuwan Petruk ingkang miturut dhawuhipun Tuwan Sastra têka cundhuk kalihan isinipun Sêrat Darmagandhul. Kêmba kula wau botên tumuju dhatêng panjênênganipun Tuwan Sastra, o, punika botên, nanging sakala punika kula lajêng kèngêtan wujudipun Tuwan Petruk, têmtunipun manawi maos karanganipun Tuwan Sastra wau, saya anggènipun gêmbelang-gêmbèlèng, malah kintên kula, manawi botên têtêp-têtêp imanipun, Tuwan Petruk sagêd kalampahan andadak numbas bêlor saèstu.§ Sabar-sabar, Jêng Sumantriyah, kula ngaturi èngêt: sampun sok angraosi Kyai Petruk, awit piyambakipun punika sok rêmên patigêni.

Tuwan Sastra Adikusuma, ing ngriki kula wangsuli atur kula sèwu nuwun dhatêng paring panjênêngan pêpèngêt tuwin sêsêrêpan, nanging kaparênga kula matur sakêdhik, sampun pisan andadosakên panggalih panjênêngan, atur kula punika botên nama andhebat, ngêmungakên lugu badhe ngaturakên pamanggih kula sakêdhik, nanging pamanggihipun tiyang ingkang taksih cèthèk bêbudènipun, amila manawi wontên kalintunipun, panjênênganipun Tuwan Sastra, krêsaa paring pangaksama, lan kula inggih tansah angèngêti paring panjênêngan pêpèngêt murih sabar, malah sanadyan dhawuhipun para sêpuh angawisi kênya ngombe kathah-kathah, ewadene inggih mêksa kula têrak, sakêdhap-sakêdhap kula ngombe toya ing gênthong murih manah kula sagêda tansah asrêp kemawon.

Tuwan Sastra Adikusuma ngandika: sajatosipun, pamawasing priya dhatêng wanita punika: asih, wêlas lan trêsna. Pangrêksanipun pindha ngrêksa dhatêng mêmaniking mripatipun piyambak. Saèstu, botên goroh, kajagi sangêt sampun ngantos kaplantrang, mindhak kasorang-sorang, lan salajêngipun. Punika kula akêni, mila inggih kêdah makatên. Ananging sarèhning ing donya punika wontên daya panarik, dados ing saangsal-angsal, [saangsa...]

--- 1433 ---

[...l-angsal,] para kakung kêdah nêtêpana anggèning dados baurêksaning wanita (bojonipun), pikajêng kula sampun sok maringi conto utawi lêlabêtan ingkang kirang prayogi tumrap anggèning sami jêjodhoan. Watêk utawi bêbudèning èstri punika ringkih, kirang-kirang dhêdhasaripun gampil sangêt rêbahipun. Dados bilih pangrêksaning priya kados pangandikanipun Tuwan Sastra Adikusuma wau, inggih kêdah yêktosan kados makatên. Môngka ingkang kathah-kathah para priya punika taksih rêmên anggêga kajêngipun pribadi, malah sok daknang dhatêng sisihanipun, supe dhatêng pangandikanipun Tuwan Sastra: priya punika sampurnanipun kanthi wanita, kancana sampurnanipun kanthi sêsotya. Priya sanepanipun kancana, wondene wanita sanepanipun: sêsotya.

Contonipun, kathah kemawon para kakung ingkang sok daknang dhatêng sisihanipun, kados ta: lêbar blanjan, plêng botên kondur-kondur, konduripun manawi arta blanjanipun wau sampun pindhah dhatêng kanthongipun tiyang sanès, utawi lajêng krama malih anèm tur kincling-kincling. Môngga punapa punika botên nama amung ambêbêntèr dhatêng sisihanipun kemawon. Punapa malih tiyang sakula botêna kraos karônta-rônta manahipun, sawêg putri dalêm KajêngKangjêng. Nabi Muhamad s.a.w. Dèwi Pêrtimah, ingkang kacêluk wanita pinunjul bêbudènipun, mêksa inggih ragi gonjing panggalihanipun, tandhanipun: kala ingkang raka Sayidina Ngali anggarwa putri Anaphi, Dèwi Pêrtimah kadangu dhatêng ingkang rama, punapa bêntèr panggalihanipun. Sanadyan atur wangsulanipun: botên, ewadene sarêng kadhawuhan ngandhut tigan, tiganipun têka lajêng matêng, lo, punika rak satunggaling pasêmon, bilih sang putri wau saèstunipun botên rêna ing panggalihanipun.

Ewasamantên, ing sarèhning para kakung punika samangke sawêk mênang, inggih wontên kemawon wangsulanipun, kados ta makatên upaminipun: lo, aja padha kaliru panômpa, anggonku duwe tindak mangkono mau, rak saka trêsnaku nyang bojo supaya bojoku bisa sinau sabar tuwêkal, awit swarganing wong wadon iku mung swarga nunut, dadi yèn wong wadon kuwi sabar, nurutan, bêkti ing laki lan sapêpadhane, lo, iya ing kono kuwi suwargane.

Lho, wontên priyantun kakung ingkang sok ngandika makatên, ewasamantên botên prêlu kapanjang-panjangakên.

Miturut andharan kula kasbut nginggil, dados kula namung tansah angajêng-ajêng, mugi-mugi panggalihanipun para priya anggèning sami mêngku garwa piyambak-piyambak, sami anêtêpana tindak ingkang prayogi kadosdene pangandikanipun Tuwan Sastra Adikusuma. Kosokwangsulipun, para wanita sampun ngantos nilar dhatêng kasusilan tuwin kuwajibanipun wanita, ingkang salaras kalihan kawontênanipun.

Namung samantên atur kula. Sumantriyah.

--- 1434 ---

Raos Jawi

Kyai Pandhanarang

Kasêbut ing cêcariyosan Jawi, punapadene ing sêrat-sêrat babad, lêlampahan ing jaman kina punika taksih elok-elok, yèn ta dipun gathukakên kalihan kanalaranipun, tumrapipun ing jaman sapunika namung nuwuhakên pamaibên. Nanging sarèhning cêcariyosan Jawi punika sampun nama gêsang, malah kenging dipun wastani limrah, bôngsa Jawi kêpêksa tansah mirêngakên. Dene mênggah mantukipun ing nalar, namung kasumanggakakên dhatêng para maos, awit mênggahing cêcariyosan Jawi, saking gotèkipun para sêpuh, sadaya sami mêngku kajêng.

[Grafik]

Rêdi Jabalkat, Têmbayat, Klathèn.

Kacariyos kala jaman karaton ing Dêmak, ing Sêmarang wontên ingkang jumênêng adipati, jêjuluk Ki Pandhanarang. Kyai Pandhanarang wau sakalangkung mukti wibawa, garwanipun sakawan sami putraning bupati, putra wayahipun kathah, sami ambangun turut, ajrih dhatêng tiyang sêpuh. Mila kenging dipun wastani, anggènipun dados bupati Ki Pandhanarang, sasat mangagêngi putra wayahipun piyambak.

Kyai Pandhanarang punika kajawi pancèn sampun pangkat agêng, pamêdalipun anyêkapi, ugi taksih nyambi among dagang, mila kasugihanipun linangkung, prasasat kasugihaning ratu. Artanipun ngantos gêgêdhongan, bôndha tanpa wicalan, kenging dipun wastani ing ngriku punika dados kêdhunging donya brana.

Wontênipun makatên, awikawit. Ki Agêng wau cêthil sangêt, donyanipun ingkang sampun samantên kathahipun wau, botên paja-paja adamêl marêming panggalih, ciptanipun tansah kapengin sagêda mindhak-mindhak, donya sadasa gêdhong, kapengin dados kalih dasa gêdhong, satus gêdhong, sèwu gêdhong, malah kapengin ing jagad punika kèbêkana donyanipun [do...]

--- 1435 ---

[...nyanipun] piyambak.

Wataking manah ngôngsa ingkang kados makatên punika nuwuhakên watakipun cêthil wau, manawi badhe ngêdalakên arta sakèthèng kemawon, anggènipun ngiling-ilingi ngantos gêmêt, dèrèng cul-cul manawi dèrèng sumêrêp badhe sakecaning sèlèhipun arta, têgêsipun tumônja. Ewadene sanadyan sampun tumônja, culing arta saking tangan taksih anabêti gadhah daya damêl tratabing manah, kados tiyang sumêrêp lare kêcêmplung sumur.

Pangagêmanipun kyai adipati sarwa prasaja, dhahar saprêlunipun, dhatêng kasênêngan punapa kemawon ingkang ambêborosi, têbih sangêt, ingkang makatên wau dados têtuladan, saha nuntuni dhatêng putra wayahipun. Pundi ingkang sagêd nelad, sagêd katurunan nugraha, manggih kamulyan ing donya.

Nanging wantunipun kala jaman samantên, pilah-pilahing lêlampahan punika taksih dipun wawas ing para wali, kacariyos Kangjêng Sunan ing Kalijaga, inggih Sèh Malaya, botên kêkilapan dhatêng kawontênanipun Kyai Pandhanarang, uninga bilih Ki Pandhanarang katitipan wahyu kuwalèn, namung dèrèng kêbuka kemawon.

Kangjêng sunan botên kêndhat tansah mawas dhatêng kawontênanipun Ki Pandhanarang, wusana kangjêng sunan angsal margi ingkang kenging kangge sarana ngèngêtakên dhatêng tindakipun kêlintu Ki Pandhanarang wau, inggih punika sarana reka-reka sade kambêngan, awit kangjêng sunan sampun uninga manawi Ki Pandhanarang ambêtahakên kambêngan.

Ing wanci enjing kangjêng sunan mikul kambêngan badhe kasade, salêbêting bongkokan kambêngan dipun isèni arta salawe kèthèng. Nalika dumugi ing pêkên kêpapag Ki Pandhanarang, ingkang pancèn pados kambêngan badhe kangge wuwung gêdhongan. Ki Pandhanarang sarêng sumêrêp tiyang sade kambêngan, lajêng takèn rêginipun. Dipun wangsuli manawi rêgi salawe kèthèng botên kenging kirang, manawi botên pajêng samantên inggih dipun bêkta wangsul mantuk. Wusana lajêng dipun tumbas sapanêdhanipun, sarta akèn manawi tunggilipun taksih kapurih ambêkta mriku. Wontênipun makatên, amargi Ki Pandhanarang rumaos manawi anggènipun tumbas kambêngan punika mirah sangêt, pancèn inggih tumbas mirah punika ingkang dipun kajêngakên. Tiyang ingkang sade kambêngan sasampunipun ngêtêrakên lajêng wangsul, saha nyagahi badhe nyade mriku malih.

Sapêngkêripun tiyang ingkang sade kambêngan, nalika kambêngan kabikak, Ki Pandhanarang sumêrêp manawi ing nglêbêt wontên artanipun salawe kèthèng, ing ngriku sakalangkung kagèt, nanging malah rumaos bêgja, dene arta panumbasing kambêngan wangsul, sanadyan sadintên kaping pitu mrangguli ingkang kados makatên punika, Ki Pandhanarang inggih purun kemawon kanthi bingahing panggalih.

Enjingipun, Ki Pandhanarang nuju sawêg sarapan, tiyang sade kambêngan sampun dhatêng ambêkta kambêngan malih, ngêntosi rampungipun anggèning sarapan Ki Pandhanarang, linggih wontên ing èmpèr, sarêng Ki Pandhanarang mêdal, lajêng andangu: dene esuk-esuk wis ana kene, apa omahmu cêdhak. Badhe kasambêtan.

--- 1436 ---

Waosan Lare

Kasugihaning Tiyang Cêthil (Cariyos Hindhu)

Karanganipun Sitadèwi

VIII.

Dhinabandhu lajêng mêmisuh kanthi suwantên sora, saking sangêting anggènipun nêpsu ngantos kêsupèn ajrihipun ingkang sampun-sampun. Kêjawi tiyang èstri punapa wontên tiyang ingkang gadhah tindak cubluk kados makatên punika. Kados pundi sumêrêpipun, bilih Balahi anggènipun wontên pamulangan sagêd sataun têrus. Sintên ingkang nanggêl bilih taksih sagêd gêsang sataun malih. Dhinabandhu sampun mangrêtos watakipun Nibaran, manawi sampun anggêgêm arta, sampun botên badhe kenging katêdha wangsul. Satyabati punika pancèn dununging kacilakan. Wiwit sawangsulipun, kacilakanipun Dhinabandhu tansah gilir gumantos kemawon. Tiyang ingkang botên sagêd nyêpêng artanipun piyambak, ingkang mêsthi inggih botên sagêd nyêpêng artaning bapa.

Pancènipun Dhinabandhu dhangan suka pangapuntên dhatêng kalêpataning anakipun prakawis anggèning nyadeni wajan tuwin kêndhil, namung kemawon kenging punapa dene arta pêpajênganipun lajêng kasukakakên sadaya dhatêng tiyang sanès. Namung prêlu kangge ambayari sêkolahing anakipun kemawon. Môngka saupami arta wau kapasrahakên dhatêng Dhinabandhu, rak kenging kalampahakên kanthi anakan kathah. Saking pangintênipun Dhinabandhu, punapa dadak lare wau badhe dados kakiming pangadilan inggil, dene ngaya-aya têmên anggènipun anggulawêntah.

Dhinabandhu judhêg angraosakên badhe kadadosaning artanipun, inggih lêrês warisipun namung anakipun èstri punika piyambak, ananging manawi artanipun kacêpêng ing anakipun punika, tamtu sadintên kemawon katêlasakên muspra. Sarèhning Dhinabandhu sampun sêpuh sarta kintên-kintên sampun botên badhe dangu malih gêsangipun, sintên ingkang kenging dipun pitados nyêpêng arta anggènipun nglêmpakakên kanthi dipun rencangi kalirên lan botên ngetang badanipun piyambak. Saking sangêting anggènipun anggagas ngantos mèh anjalari ewahing pikiranipun, kêrêp kemawon têngah dalu sawêg tilêm bêngak-bêngok, ngimpi artanipun kapêndhêt ing durjana. Satyabati sabên-sabên dhatêng gugah-gugah.

Balahi lêstantun sêkolah, nanging kawontênanipun Dhinabandhu mindhak dintên mindhak ngrêkaos. Panganggenipun lare sampun lungsêd, botên sande êmbokipun badhe nêdhakakên pangangge ingkang enggal. Môngsa bêdhidhing sampun kêpêngkêr, nanging manawi dumugi môngsa bêdhidhing malih, Dhinabandhu badhe kêpêksa numbasakên pangangge enggal dhatêng anak lan putunipun, utawi malih griyanipun ugi tansah andamêl ribêdipun kemawon, sabên dintên tansah wontên kemawon ingkang kêdah dipun dandosi, manawi botên payon ambrol [ambro...]

--- 1437 ---

[...l] inggih tembok rêbah. Dhinabandhu prasasat gêsang ing naraka.

Sapêngkêripun môngsa badhidhing, ngancik môngsa bêntèr ing dhusun lajêng kathah sêsakit. Tiyang-tiyang sami kirang ngatos-atos, sadaya pangangge ingkang nyumuk-nyumuki sami kaglethakakên, wusananipun mèh sadaya tiyang sami ginanjar sakit kasrêpên utawi sakit bêntèr. Ing dhusun ngriku tiyang sakit bêntèr punika sampun limrah sangêt, ananging botên dangu lajêng wontên sêsakit langkung ngajrih-ajrihi ingkang dados rêraosan, inggih punika sêsakit cacar ingkang wiwit mubal. Tlatah ngriku kados kinêmulan ing lamuk ingkang andalajati awon.

Dhinabandhu kulinanipun sabên dintên manawi sampun nuntum-nuntumakên anakan arta ing wanci enjing lajêng mantuk prêlu sarapan. Ing satunggiling dintên piyambakipun mantuk kados adat sabên lajêng wicantên: Saiki aku lan kowe kudu prihatin lan kudu ngati-ati supaya aja nganti lara kadhêmên. Ing desa pirang-pirang bocah kang padha kêtrajang lara cacar.

Satyabati nyêlani: Balahi kêdah dipun cacarakên.

Bapakipun mangsuli kanthi nyênyampahi sangêt: Tindak bangsane kang mangkono iku kabèh goroh. Ora ana wong kang dicacar banjur luput saka pati, iku ora liya mung apus-apusan kanggo mêrês dhuwite wong bodho. Badhe kasambêtan.

[Grafik]

Gêdhong gêminte ing Malang.

--- 1438 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Isinipun Sêrat ingkang Nama Ons Wapen

(Candhakipun Kajawèn ôngka 90)

Garèng : Ayo padha dibanjurake manèh, Truk, rêmbugane lagi anu kae. Ing karangane: Ons Wapen, dèn bèi jurnalis mau uga ngandhakake mangkene: sarana dipêksa alus-alusan, wong-wong padha dikon langganan karo kalawarti-kalawarti sing diwêtokake dening Bale Pustaka.

Petruk : Ngrungu kandhane jurnalis kaya sing kok caritakake ing ngarêp, kuwi aku kok banjur kèlingan jaman biyèn-biyèn. Kala samono jênêng Jawa kuwi dadi langganane samubarang sing: asor, ala, nistha lan sapêpadhane, apa manèh yèn nganggo dibukani: lha, kuwi saya anggone nylêkuthis, calila-calili, kaya ta upamane: ana wong udud srutu, kok sing diêmut bongkote, kuwi ya banjur ana bae sing muni: lha wong Jawa, kathik reka-reka udud srutu barang, ngêmute bae iya salah wèsêl. Apa manèh yèn ana wong nganggo dhasi mèncèng, kuwi uwong-uwong anggone ngundhat-undhat Jawane iya tanpa ana lèrène. Mêngkono uga tumraping dhêdhaharan, panganggo, ada-ada, lan sapiturute, kuwi yèn kalêbon têtêmbungan Jawa, iya dianggêp asor bae, kaya ta: jam Jawa, kuwi iya nandhakake clila-clili, upamane wong diulêmi têka jam 8, kèri-kèri têkane jam 9 utawa jam 10, dadi têkane mau kasèp bangêt, kang kaya mêngkono kuwi iya banjur ditêtêpake bae, yèn wong mau ngênggoni jam Jawa. Yèn ana wong ada-ada ngêdêgake kumpulan, wusanane kumpulane morat-marit, iya banjur ana sing muni: lha wong Jawa, thik reka-reka arêp ngêdêgake kumpulan barang, iya amblêdhos, apa manèh dhêdhaharan kuwi...

[Grafik]

Garèng : Wis, wis, rêmbuge kok banjur talencengan mêngkono, karo manèh biyèna kae iya ora anggêre jênêng Jawa dianggêp ala kabèh, apa êmas Jawa dianggêp ala, rak malah sing tulèn dhewe, ta.

Petruk : Lho, karêpku omong kaya ing ngarêp mau, mangkene: ananing jaman kuwi kok [ko...]

--- 1439 ---

[...k] tansah molah-malih bae. Dhèk biyèn kabèh tindak sing nembak bôngsa Walônda, kuwi dianggêp bêcik lan brêgas, nganti nuwuhake têmbung blandhain, têgêse: kabèh panggawe sing cikat, brêgas, garang lan sapêpadhane. Kaya ta upamne: omah-omah rêsik gêmrining, ya banjur diunèkake: blandhain, mangan nganggo sendhok porok, iya: blandhain dalasan mabuk bêngok-bêngok ana ing pasamuwan, iya mêksa diunèkake: blandhain, mêngkono uga pangkat sing dianggêp brêgas, kuwi ya mung pangkat guprêmenan, kosok-baline kabèh sing nganggo têmbung: Jawa, kuwi ala, asor lan anylêkuthis. Lho kuwi ing jaman biyèn. Barêng saiki kiyi jaman nasionalis, kaanane iya banjur gèsèh bae. Ada-adaning rama guprêmèn, sanadyan wis diadoni bêcike, iya mêksa diarani sing ora-ora. Kaya ta anane wêwacan Bale Pustaka, kuwi wis diakoni bêcike, ewadene sarèhning Bale Pustaka ada-adaning guprêmèn, sanadyan anggone nawakake dodolane ora beda karo tukang dagang liya-liyane, iya mêksa didakwa sing ora-ora, kaya ta: didakwa akon tuku utawa langganan buku kanthi dipêksa alus-alusan, lan sapêpadhane. Nanging upama bangsaning partikulir sing nindakake mêngkono, iya ora ana siji-sijia sing cêmuwit, kaya ta tindake para agèn asuransi jiwa anggone ambujuk wong-wong supaya nanggungake jiwane ana ing maskapene, kuwi rak ya kêna diarani kanthi mêksa alus-alusan, ewadene iya ora ana sing ngêngkrik, tindake klonthong. Iya bôngsa Walônda utawa Tionghwa, anggone nawakake barang dêdagangane, apa iya ora mêksa kanthi alus-alusan, nanging iya ora ana sing padha mrotès.

Garèng : Kajaba kuwi, Truk, sing agawe anjêntunge rêmpêlaku, anggone jurnalis jêmpolan mau ngina bangêt marang bangsaku kiyi. Apa rumasane mung dhèwèke dhewe sing duwe pikiran, sing duwe kakêncêngan, sing bisa ambedakake bêcik lan ala, liya-liyane mung dianggêp kayadene kêpithing bae, digorènga utawa digawea orak-arik iya ora bôngga babar pisan, têka dipêksa kanthi alus-alusan nurut bae. Sabanjure jurnalis mau ngobrol mangkene: saka têmên-têmêne anggone arêp angladèni kangjêng guprêmèn, wong-wonge banjur agawe reklamê mungguhing buku-buku wêwacan sing diwêtokake dening Bale Pustaka mau, kang pancène ora kêna babar pisan.

Petruk : Wah, kiyi jurnalis ngaran-arani bangsaku rong bab sing ngabangake kuping têmênan, kang kapisan: saka têmên-têmêne anggone arêp angladèni kangjêng guprêmèn, ing kono karêpe rak arêp ngunèkake: saka anggone arêp anggolèk pêndhok. Kang kapindho: agawe rekalmê sing ora kêna babar pisan, kuwi karêpe agawe reklamê sing ora kalal. Wah, pandakwane le sasêkecanya bae, dadi upama tanggaku Bok Krama dodol sêga pêcêl, rasane enak, rêgane murah, aku banjur ajak-ajak kônca-kancaku padha tuku sêga pêcêl mrono, [mro...]

--- 1440 ---

[...no,] apa aku iya diarani gawe reklamê sing ora kalal, lan golèk pêndhok nyang Bok Krama mau, cikbèn dinikahake karo anake wadon Si Sariyêm. Lan jurnalis mau ora pisan-pisan duwe pikiran, yèn saka jalaran wêtune karangane mau, sawênèh ana sing andakwa dhèwèke golèk pêndhok marang para nasionalis, lan ora pisan-pisan duwe panêmu, yèn akèh para nasionalis padha gêgodrilan maca karangane, sing dianggêp dening sing ngarang kaya dene sawijining adpis tumraping para nasionalis kabèh mau.

Garèng : Rungokna manèh, Truk, kandhane jurnalis mau: yèn ana koran sing dening adpisuring nagara isine dianggêp: sêmanak andêmênakake, kuwi pandhuwuran banjur mrayogakake para amtênare supaya padhaa maca. Kiyi têgêse rak marentah alus marang para amtênare, supaya padha lêngganan nyang koran mau.

Petruk : We, lha, cilaka ane dadi priyayi gêdhe kuwi, ora pisan-pisan kêna kogêl karo bawahe, sing wajib ditrêsnani. Lagi amrayogakake maca layang kabar sing andêmênakake bae, banjur didakwa mrentahi bawahe langganan nyang koran mau kanthi alus. Dadi yèn mangkono bôngsa luhur kuwi ora kêna ngêndika utawa ngrasani apa-apa, têmtune iya banjur didakwa sing ora-ora bae. Upamane aku dadi bupati, kalane aku lungguhan karo priyayi-priyayiku, aku ngomongake enake srabi gaweyane Bok Kunthèt, apa iya banjur didakwa bae agawe reklamê, supaya priyayi-priyayiku padhaa tuku srabine Bok Kunthèt kabèh.

Garèng : Wis, Truk, cêkake rêmbugane bab karangan Ons Wapen padha dicuthêl samene bae, mundhak saya ngômbra-ômbra mêngkone.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat Kabar Sanès

Ing Surabaya mêntas wontên parêpatan umum P.N.I. tiyang ingkang sami dhatêng ing parêpatan nêm pitungatusan, ingkang ambikak parêpatan Tuwan Ir. Anwari. Ngrêmbag bab wajibipun kêkêmpalan tumrap salêbêt utawi sajawinipun tanah Jawi tuwin ing bab nyinau maos dhatêng para ingkang botên sumêrêp sastra. Wontên wanita ingkang sami mêdhar sabda, wosipun angrêmbag murih ajênging wanita.

Panyadenipun lot lotre ingkang nêmbe mêdal punika laris sangêt, agèn-agèn eskomto panyadenipun sampun têlas. Ingkang sade namung ing kantoripun agêng kemawon, dèrèng sagêd ngintên benjing punapa têlasipun, tuwin benjing punapa pambikakipun.

Panggenan-panggenan sakitêripun Pakalongan kathah andhapan ingkang sami ngrêsahi padhusunan, malah ing wanci dalu wontên sawênèhipun tiyang nuju tilêm wontên ing ambèn sajawining griya, dipun srogot ing andhapan ngantos nandhang tatu rêkaos.

Ing kampung Papandhak, Wanaraja, Garut, mêntas wontên griya kabêsmèn cacah 121 wuwung, masjid 3 lumbung-lumbung tuwin menda lan ayam kathah. Kapitunan kintên-kintên 40 èwu. Jalaranipun kabêsmèn kakintên saking tiyang sêpuh bingah-bingah mêntas gadhah putu jalêr, ngungêlakên sanjata lantakan mawi dipun ênali sêpêt, saungêling sanjata, sêpêt wau dhawah ing payon wêlit, wusana latu taksih gêsang katiyup ing angin agêng, lajêng andados.

--- 1441 ---

[Grafik]

Kawartosakên Mr. H.R. Hoetink ingkang sapunika taksih ngasta padamêlan wontên Nederlandsche Spoorwegen ing Utrecht, badhe anggêntosi Prof. Mr. Van Kan dados guru pamulangan luhur pangadilan ing Batawi. Gambaripun kados ing nginggil punika.

Miturut sêtatsêblad 1926 No. 115 Algemeene reisreglement dipun ewahi, arta padintênan tumrap amtênar kêkesahan ingkang balônja f 100.- dumugi f 160.- rumiyin f 6.- tuwin f 7.- sadintên sapunika namung f 2.-. Ingkang makatên wau anjalari kathah amtênar ingkang kêpêksa ngêdalakên artanipun piyambak, prêlu pados pasipêngan ingkang pantês. Bab punika lajêng wontên ewah-ewahan, kawrat ing kêkancingan saking pangagênging Reiswezen tanggal 5 Sèptèmbêr kapêngkêr, cêkakaning suraos, amtênar golongan 5 lan 6 salêbêtipun kumisi sagêd angsal arta dintênan langkung kados ingkang sampun, manawi têtela pancèn botên nyêkapi. Nanging arta wau botên langkung kathah kalihan arta dintênan pindhahan.

Lulus kandhidhat iksamên ing pamulangan luhur pangadilan ing Batawi, Mas Haryana.

Sampun sawatawis dintên punika, sawênèhipun hotèl alit ing Batawi, wontên tamu gangsal wêlas sami katrajang sêsakit wêtêng, kakintên sêsakit dhesêntri. Wontên malih jongos wau ugi makatên. Mênggah ingkang andadosakên jalaranipun dèrèng kasumêrêpan. Tumindakipun samukawis ing hotèl sampun dipun priksa pulisi, tuwin pulisi gadhah panggrayangan jalaran saking pandamêling tiyang, nanging inggih botên makatên. Miturut papriksan dhoktêr, tiyang ingkang gadhah hotèl botên kenging dipun lêpatakên. Salajêngipun ing hotèl wau sampun botên wontên punapa-punapa.

Ing gang Sêntiyong Batawi mêntas wontên bikakan pamulangan P.S.I. Tuwan A.M. Sangaji mêdhar sabda ing bab ancasing pamulangan wau.

Kawontênan patrap ananggulangi sêsakit cacar ing Batawi kenging dipun wastani botên sagêd anêtêpi kados pangajêng-ajêngipun ingkang wajib, jalaran saking kathahipun tiyang ingkang kêdah dipun suntik, cacahing tiyang ingkang sampun dipun suntik, kintên-kintên satus èwu, punika taksih kirang, apêsipun kêdah tikêl kaping kalih, lan malih tumrap ing Batawi dhatêngan tiyang saking sanès nagari tansah lumintu kemawon, môngka lêrêsipun inggih kêdah dipun suntiki, mila sakêdhap-sakêdhap taksih wontên kemawon.

Pakêmpalan Mardi Bêksa Irama ing Bandhung mêntas mitongtonakên barang-barang bathil, tênun tuwin asil siti wêdalan ing Priyangan, Jawi wetan tuwin têngah. Kathah ingkang sami ningali. Angsal-angsalanipun kêgolong majêng.

Bôngsa Jawi nama Suryana, ing Dhusun Karangpolong, Panaraga, kacêpêng ing pulisi wontên ing griyaning gurunipun, kadakwa dados pangajêng ngojok-ojoki ngrêbahakên paprentahan.

Wangsulan saking Redhaksi

Pambantu 585 ing Surakarta. karangan bab pangantèn botên kapacak, amargi ing Kajawèn sampun nate macak.

Tuwan Amir, ing Bara Kulon. Karangan panjênêngan botên kapacak, amargi sêrat ingkang suraosipun kados makatên, sampun wontên ingkang ngêdalakên.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 2176 ing Argagônda. Kula mrayogèkakên ngalamat kaewahan. Manawi badhe mundhut buku: cêkap ngintunakên arta sarêgining buku wau, krana wragading pangintun katanggêl dening Bale Pustaka. Sadaya wêlingan adrès dhatêng administrasi Bale Pustaka, karangan utawi pawartos dhatêng: redaksi Balestaka.Bale Pustaka.

Lêngganan nomêr 4624 ing Mangkunagaran. Lêngganan kapetang wiwit: 1-11-'29.

Lêngganan nomêr 3784 ing Pasuruan. Lêrês

Bab buku.

Redaksi Kajawèn mêntas nampani buku Panjebar-Pangarti, ingkang kawêdalakên dening Indon. Studieclub ing Surabaya. Buku wau basa Jawi kaêcap mawi aksara latin, rêginipun f 0.50, pigunanipun kangge sinau maos tumrap tiyang ingkang botên mangrêtos sastra. Miturut wêwarahipun ingkang ngarang, tiyang sagêd sinau maos salêbêtipun 20 jam. Salajêngipun ugi badhe ngêdalakên ingkang basa Malayu, Sundha tuwin Madura.

Redaksi Kajawèn ngaturakên panuwun.

--- 1442 ---

Wêwaosan

Sirwenda lan Danurwenda

Anggitanipun Muhamat Dohiri

7.

[Gambuh]

sakêdhap wus dumunung / ing gigiring turôngga ting plangkruk / têmah gawok sagung kang samya ningali / kaprawirannya sang bagus / karone langkung kinaot //

marma dadya misuwur / Pasantênan mangkya ana sawung / maksih kuthuk prandene ngedap-edapi / mendah têmbe dadinipun / masthi ngapokake botoh //

mangkana karyanipun / sabên-sabên kêkalih sang bagus / anênggani sarenipun sang dipati / samya anggusahi lêmut / utawa lalêr kang mencok //

datan mawa kinêbut / sabab lamun kinêbuta iku / sumêlange mênèk kagyat sang dipati / marma dènnya gusah lêmut / mung lan panah tugi mawon //

balasah bathang lêmut / miwah lalêr kalawan marutu / marma dadya sakeca dènnya aguling / saking tan ana kang ngrubung / mangkana ganti kacriyos //

wimbuhing trêsnanipun / Rara Suli dhatêng sutanipun / kinakudang bisaa ing têmbe wuri / muktèkake marang biyung / mikul dhuwur mêndhêm jêro //

datan lama cinatur / Sang Dipati Pragola duk dulu / citranira Rara Suli anêlahi / tanpa tandhing ayunipun / nadyan para putri kasor //

mangkana jroning kalbu / Rara Suli dhasar pancèn ayu / tur jatmika ruruh sarèh ngrêspatèni / pantês lamun ingsun pundhut / dadi sêlir luwih munggoh //

supaya aja tanggung / mring sutane gon ingsun angugung / gung trêsnèngsun tan bisa pisah sanyari / cinêndhak caritanipun / nulya pinundhut sang sinom //

mangkana kang cinatur / sang dipati dahat ngantu-antu / panantange Sêkèbêr tansah dèn anti / dene lawas nora jêbul /jêdhul. apa ubayane goroh //

sêmayane rong taun / dene têka nganti limang taun / dadi abêr pangajape mangun jurit / nanging nadyan kaya wurung / mêksa pinrayitnan batos //

saking èmêng tyasipun / dadya mangkya saking karsanipun / arsa sowan umarak dhatêng sang yogi / ing pulo Upih gya rawuh / sang pandhita dupi anon //

anulya gupuh-gupuh / mêthukakên dhatêng ingkang rawuh / sinambrama nulya binêkta mring panti / sang pandhita lingira rum / anggèr sami karahayon //

sang dipati umatur / mring maharsi dhuh bapa sang wiku / pangèstunta kawula manggih basuki / sang pandhita lingira rum / anggèr paran kang wigatos //

dene ta kusung-kusung / mring pratapan panggenan kang suwung / sêpa sêpi tan kadya anèng nagari / sarwa sarwi mumah-mumuh / tan kewran mucung lêlakon //

5. Baron Sêkèbêr têluk dhatêng Adipati Pathi, sarta kaparingan nama Juru Taman

PucungPocung.

nulya matur sang dipati lingira rum / dhuh bapa pandhita / kang tuhu waskithèng batin / kasinggihan lêrês ing dhawuh paduka //

marma ulun tan darana kusung-kusung / umarak paduka / yêktos yun nyuwun udani / rèh duk nguni amba prang lawan wong sabrang //

namanipun Baron Sêkèbêr winuwus / yèku kang nèng guwa / Patiayam kang dèn goni / nanging dèrèng katam tuwan kalah mênang //

têmahipun nêdha sumêne rong taun / nanging sapunika / sampun wontên gangsal warsi / dene têka botên wontên wartanira //

kang kadyèku punapa nyata satuhu / sêmayane wukan / dhuh bapa sang mahayogi / mugi karsa paring pêpadhanging driya //

sru gumuyu sang pandhita lingira rum / lah ta kadi paran / gèn ulun sagêd udani / tyas manungsa nora kêni pinathokan //

nanging luwung katimbang lan ala nganggur / lah anggèr wêcaa / ari duk bibaring jurit / lah punapa paduka botên kalepyan //

aturipun sang dipati dhuh sang wiku / kalamun tan lêpat / nuju dintên Gara Kasih / yèn makatên anggèr mênggah saking petang //

adatipun inggih tamtu badhe wangsul / marma yogyanira / paduka ajagi-jagi / kintên kula pun mêngsah pancèn digdaya //

ngandika rum sang dipati ring sang wiku / dhuh bapa pandhita / sampun katanggêlan mugi / aparinga sarana ungguling yuda //

mahawiku ngandika sarwi angguguk / anggèr kadiparan / dene sangsaya nalisir / têka mundhut srana jaya kasantikan //

sagêd ulun inggih namung tutur-tutur / bokmanawa bisa / mahanani unggul jurit / lamun nyêmbur tuhu pun bapa tan wignya //

gya umatur sang dipati ring sang wiku / langkung nuwun amba / dhawuh paduka sang yogi / kasinggihan dahat kalingga ing murda //

dhuh sang wiku kadiparan ing rèhipun / mrih ungguling yuda / sang maharsi ngandika ris / lah ta anggèr prayoginipun ing benjang //

lamun tuhu pun Baron Sêkèbêr wangsul / sayogya rineka / rèh jurit datanpa kardi / krana rosa tarampil prigêle padha //

dadya kantun angadu bêtah salulup / anèng jro samodra / singa kang mêncungul dhihin / pênêd lamun punika kang kudu kalah //

de pukulun sampun sumêlang ing kalbu / pun bapa kang budya / mrih bêtah nèng jroning warih / nanging anggèr mugi dipun wiwitana //

dènnya slulup saking lèr Calêring patut / marmane mangkana / wit punika nawung wadi / sajatine kang dadya jalaran mênang //

salèripun ardi Calêring puniku / wontên guwa karang / wiyar tur papane asri / kondhangipun sinungan guwa Blenderan //

guwanipun manglung ngongkang anèng laut / kalamun paduka / miwiti ambyur ing warih / lah dipoma anggèr menggoka mring guwa // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 92, 13 Jumadilakir Taun Ehe 1860, 16 Nophèmbêr 1929, Taun IV

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1443] ---

Ôngka 92, 13 Jumadilakir Taun Ehe 1860, 16 Nopèmbêr 1929, Taun IV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Gêdhong Pangadilan ing Brussel (Belgie)

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun gêdhong pangadilan ing Brussel. Kacariyos ing sa-Eropah kalêbêt gêdhong pangadilan ingkang agêng piyambak, wêwangunanipun manut gagrak enggal. Isi papan parêpatan wiyar-wiyar 27 panggenan, tuwin papan cêkapan tuwin gêdhong-gêdhong 245 panggenan.

--- 1444 ---

Kawruh Sawatawis

Bab Ewah-ewahaning Pangrèh Praja (Bestuurshervorming, Provincie, Regentschaps-Raad)

Sambêtipan Kajawèn nomêr 91.

Ing ngajêng sampun kaandharakên bab bagiyaning jajahan Indhia Nèdêrlan, ingkang sampun wontên Gewestelijke Raad, Plaatselijke Raad utawi Gemeente Raad. Wusana kamajêngan kita tiyang pribumi tansah mindhak-mindhak, gadhah kêpengin ugi tumut urun-urun rêmbag dhatêng paprentahan. Sarèhning nagari ambiyantu ugi, kadadosanipun lajêng wontên ewah-ewahaning pangrèh praja (Bestuurshervorming). Kadosdene ingkang kasêbut ing nginggil, ing ngriki ancasipun Bestuurshervorming ugi kamot wontên ing Regeerings Reglement utawi wet op de Indische staatsinrichting, ingkang salajêngipun dipun ronce dening Provincie ordonnantie Regentschaps ordonnantie, Provincie kiesordonantie sarta Regentschaps kiesordonantie. Tumapakipun Bestuurshervorming punika wontên ing taun 1925 wiwitipun sapisan ing Jawi Kilèn, ing taun 1929 ing Jawi Wetan, ing taun 1930 ing Jawi Têngah. Dados ing taun 1930 ing tanah Jawi ngriki sadaya paresidhenan cara kina (gewesten) ical, nanging icalipun paresidhenan punika, ing tanah Jawi wontên wêwêngkon 3, Jawi Têngah, kilèn sarta wetan, nama Provincie. Pangrèhipun nama Prpvinciale-Raad, ingkang dados pangarsanipun Prpovinciale-Raad tuwan gupêrnur. Ing salêbêtipun Provincie wontên wêwêngkon alit-alit malih ingkang ugi gadhah pangrèh namanipun Regentschaps-Raad.

Sapunika sampun dumugi bab Regentschaps-Raad. Mênggah bedanipun pangrèh kabupatèn sadèrèngipun wontên Regentschaps-Raad kalihan manawi sampun wontên inggih punika:

1. Sadèrèngipun wontên Regentschaps-Raad, ingkang kuwaos ing salêbêtipun kabupatèn, inggih punika ingkang bupati. Tiyang pribumi sadaya namung nampi dhawuh nagari lumantar ingkang bupati. Tiyang pribumi botên kawênangakên tumut urun-urun rêmbag.

2. Sasampunipun wontên Regentschaps-Raad ingkang dipun wajibakên dados pangrèhing kabupatèn inggih punika a. Regentschaps-Raad, b. ingkang bupati. Utawi a. Regentschaps-Raad, b. College van gecommitteerden, c. ingkang bupati. Ing sarèhning ingkang sawau pangrèhipun namung saking ingkang bupati, môngka sapunika dening pangrèh warni tiga, sampun têrang manawi pangrèh ingkang samangke punika langkung utami tinimbang kalihan ingkang rumiyin.

Regentschaps-Raad punika kadadosanipun saking pangarsa sarta warganipun. Ingkang dados pangarsa inggih punika ingkang bupati, ingkang dados warganipun inggih punika têtiyang ingkang manggèn ing salêbêting kabupatèn. Kathah kêdhikipun warga miturut jiwa salêbêting kabupatèn. Ingkang dados warga

--- 1445 ---

botên ngêmungakên tiyang pribumi, nanging ugi tiyang bôngsa Walandi sarta bôngsa ngamônca, sadaya kêdah manggèn ing salêbêtipun kabupatèn. Sawênèhing warga wontên ingkang dadosipun mawi dipun pilih, sawênèh dipun têtêpakên ing tuwan gupêrnur. Kajêngipun para warganing Regentschaps-Raad punika sadaya dados wakiling têtiyang ing salêbêting kabupatèn, satunggal-satunggalipun makili bangsanipun ingkang sami manggèn ing kabupatèn punika. Para warga sadaya wau kawênangakên andhèrèk, ngrêmbag sadaya pangaturan ingkang badhe katindakakên ing salêbêting kabupatèn, sadaya pirêmbag-pirêmbag wau dipun kêmpalakên dados satunggal, pundi ingkang dipun muphakati kathah piyambak, punika kangge karampunganipun, sarta kenging katindakaken. Pirêmbaging para warga sarta pangarsa punika sadaya, kajawi tumrap bêtahipun piyambak (autonomie) ugi bêtahipun nagari (zelfbestuur).

Ingkang dados padamêlanipun Regentschaps-Raad punika warni-warni sangêt, kajawi ngrêksa sarta miyara margi-margi ingkang sanès bageyanipun, Provinciale Raad, alun-alun, patamanan-patamanan, kalèn kangge ambucal sêsukêr, griya pompa, pajagalan, dilah-dilah kangge madhangi kitha-kitha, pêkên, pasangrahan, ugi amranata sanès-sanèsipun upami babagan têtanèn, bang dhusun, pêgat ningkah, narik pajêk, nyambut arta, sagêd ngunjukakên aturan (voorstel) dhatêng Provinciale Raad utawi nagari, tuwin sanès-sanèsipun ingkang kagolong bêtahipun kabupatèn sarta botên dados wêwênangipun Provinciale Raad utawi nagari.

Regentschaps Raad punika ugi nama ngadêg piyambak (Zeelfstandig rechtsgemeenschap), nanging botên nama ucul saking nagari (onafhankelijk). Regentschaps-Raad wau dipun awat-awati dening Provinciale Raad utawi nagari. Upaminipun:

a. Manawi Regentschaps-Raad adamêl pranatan bab pajêg utawi sanès-sanèsipun ingkang prêlu, kados ta tumbas utawi sade siti, kêdah pikantuk idinipun nagari utawi Provinciale Raad (College van gedeputeerden).

b. Manawi wontên pranatan ingkang kirang prayogi tumrap umum, utawi botên nocogi kalihan mêsthinipun, kenging dipun cabut dening nagari.

Kados sampun cêkap anggèn kula ngandharakên bab Regentschaps-Raad punika. Têtela manawi padamêlanipun para warga Regentschaps-Raad, ingkang dados wakiling têtiyang ingkang manggèn ing kabupatèn punika, kirang prayogi manawi namung manut grubyug kemawon, nanging kêdah urun-urun rêmbag, klayan amanah kadospundi amrih saenipun sarta adilipun paprentahaning kabupatèn.

Manawi warganing Regentschaps-Raad sadaya tansah sami anggalih ingkang makatên klayan èstu, têmtu paprentahaning kabupatèn badhe tumindak sae, sarta sae tumrapipun têtiyang ingkang dipun bawahakên.

A.S.

--- 1446 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja, Ind. Arts ing Kudus

Sambêtipun Kajawèn nomêr 91

Watukipun sêsagêd-sagêd dipun ampêt. Suku lan pupunipun ingkang sakit ingkang asrêp dipun angêti sarana gêndul dipun isèni toya angêt dipun sandhingakên ing suku utawi pupu.

Jandhela kamar ingkang dipun ênggèni ingkang sakit kêdah kabikak, supados pikantuk hawa rêsik, botên kenging tiyang êsês ing kamar ngriku, amargi kêbul rokok punika botên sae tumrap ingkang sakit. Idu utawi riyak sampun ngantos dipun êlêg lan botên kenging sangêt-sangêt watuk (candhêt).

Dhoktêr ingkang dhatêng mriksa anjampèni suntikan morphine utawi gelantie.

Ingkang sakit kêdah kèndêl sawatawis dintên, nêdha têtêdhan ingkang êmpuk-êmpuk kados ta: sêkul tim, puhan, sop sapanunggilanipun.

Panjagi ingkang sakit kêdah tansah manggèn ing panggenan ingkang pikantuk hawa rêsik, ing griya ingkang kori jêndhelanipun wiyar, yèn dalu jêndhela kabikak kemawon, manawi siang manggèn ing jawi griya pados hawa ingkang rêsik.

Manawi lare ingkang sakit prayogi nêdha utawi ngombe levertraan (lisah ulam)

Lare-lare ingkang katingal ringkih gampil kenging t.b.c. prayogi dipun kintunakên dhatêng vacantiekolonie ing panggenan ingkang hawanipun sae.

Ingkang sakit botên kenging tilêm kêmpal kalihan ingkang saras. Idu lan riyak dipun tadhahi lan dipun tawa, kacu ingkang sampun kangge ingkang sakit, sadèrèngipun dipun sêtlika kêdah dipun godhog. Ingkang sakit sampun ngantos ngulu idu riyakipun, awit punika sagêd nukulakên t.b.c. ing usus utawi sanès-sanèsipun jêroan.

Kamaripun ingkang sakit botên kenging dipun saponi sadèrèngipun dipun tawa kalihan creolin utawi sanèsipun ingkang ngantos têlês, awit manawi botên makatên, blêdugipun mawut. Prabot patilêmanipun ingkang sakit ingkang sampun pêjah kêdah dipun tawa, kamar ingkang sampun kangge manggèn ingkang sakit t.b.c punika botên sae salaminipun, ambêbayani tumrap ingkang saras, kajawi manawi anggènipun nawa sampurna sayêktos.

Trêkadhang ingkang sakit prêlu manggèn ing parêdèn pêpanasan lan jêjampi mawi dayanipun kunstmatige hoogtezon asring wontên ingkang saras (cariyosipun).

Biyungipun lare sêsêpan ingkang gadhah sakit t.b.c. punika botên kenging nêsêpi, lan lare prayogi kapêthat dipun sêsêpi tiyang ingkang saras.

Mila manawi bapa utawi biyung gadhah sêsakit t.b.c. punika anak-anakipun sagêd katularan,

--- 1447 ---

jalaran lare-lare wau sabên dintên sêsrawungan kalihan bapa biyung ingkang gadhah sêsakit wau, trêkadhang kêmpal tilêm, sampun têmtu basil t.b.c sagêd nular.

[Grafik]

Para murid sêkolahan ing Batawi, sami pados hawa sae kalanipun liburan.

Kajawi punika lare utawi tiyang ingkang badanipun pancèn ringkih, dhadha ciyut gèpèng, miturut kados ingkang kasêbut ing ngajêng, langkung gampil katrajang sakit t.b.c. tinimbang lare utawi tiyang ingkang kiyat prakosa.

Jampi ingkang mustajab kangge t.b.c. dèrèng wontên. Jampi tuberculine ingkang para dhoktêr pintêr-pintêr sampun nyobi nindakakên kangge anjampèni tiyang sakit makatên, punika dèrèng têtêp kanyataanipun, mila jampi wau dèrèng kangge umum.

--- 1448 ---

Katrangan Cêkak

Angsal-angsalaning pamaos kula katranganipun sadhèrèk P. ing Kajawèn, 6 Nopèmbêr 1929 ôngka 89, murih botên adamêl kodhêngipun para nupiksa, saha dadosa tôndha saksi, bilih anggèn kula nêgêsi basa-basa wau dede awag-awagan kemawon, kados pamêlèhipun P: tèsing banyu lap ing ngawang-awang, sagêd jumbuh lan mathuk dipun têgêsi: sarêm... môngga sami kaparênga amirsani Bausastra Gericke en Roorda, mangke rak lajêng sagêd mastani, bilih anggèn kula nêgêsi wau têtêp mawa waton, anggadhahi pathokan. Sabab basa-basa ingkang sami dipun rêmbag, punika kasêbut wontên ing ngriku sadaya.

Tiyang nêgêsi basa tanpa wêwaton ingkang sah, saha namung mêdal saking kalangkunganing manahipun piyambak, punika botên kenging kaumumakên, (kalimrahakên ing ngakathah) sabab namung saking pangothak-athik. Dene bab pikajênging basa, punika sêsampunipun kapanggih têgêsipun ingkang sah, kenging dipun êngkak-êngkuk supados saya mathisipun.

Sanadyan anggèn kula nêgêsi basa-basa wau sampun mawi wêwaton kasêbut ing nginggil, ewasamantên sarèhning cara nêgêsi basa punika babagan prakawis rungsit, gawat (dene badhe kangge pathokan dhatêng para marsudi basa), pramila kula taksih tansah angajêng-ajêng dhatêng sih kadarmanipun para sarjana, mugi kaparênga paring pêpadhang dhatêng bab punika.

Wusana sadèrèng sasampunipun, kula sadaya sami ngaturakên gênging panuwunipun.

Pun T.

Rêmbag bab punika kados cêkap kajugag samantên memawon, awit rêmbag ingkang tansah wangsul-winangsulan, tumrapipun mara maos Kajawèn, dèrèng tamtu sami rêna ing panggalih. Mila redhaksi prêlu manah sampun ngantos kalawartinipun adamêl kêmbanipun ingkang maos. Makatên malih unguping wêwatonipun Tuwan P. tuwin Tuwan T. sampun katingal, inggih punika Tuwan P. awêwaton kalantipaning galih, dene Tuwan T. awêwaton pathokan buku. Ananging mênggah wêwatonipun tiyang ngudi lêrês aslining basa, punika botên cêkap samantên, kêdah anjajah basa sanès-sanèsipun, awit manawi botên makatên, kadospundi anggènipun sagêd angugêmi lêrêsipun. Murih têrangipun sami mriksanana kalawarti kawi, ing ngriku kathah tuladha-tuladha ing bab ewahing basa, ingkang nyêbal saking bakunipun sakawit, sadaya mawi pêpathokan maton. Red.

Raos Jawi

Kyai Pandhanarang

Sambêtipun Kajawèn nomêr 91.

Wangsulanipun: griya kula têbih sangêt, wontên ing rêdi Jabalkat.

Pondhokanmu ngêndi.

Dene mawi mondhok punapa, manawi sontên inggih mantuk.

Adipati Pandhanarang sangêt gumun, lajêng ambayar

--- 1449 ---

rêgining alang-alang salawe kèthèng.

Tiyang sade kambêngan sasampunipun nampèni arta lajêng matur: Kyai kula bok nyuwun ngêmis ing panjênêngan, sakaparêngipun.

Ki Pandhanarang lajêng mêndhêt arta igaran dipun uncalakên dhatêng tiyang sade kambêngan kalihan ngandika: nya.

Tiyang sade kambêngan wicantên kalihan gumujêng: hêm, kula punika botên ngêmis arta brana, kula nyuwun ngêmis ungêlipun bêdhug Sêmarang.

Ki adipati mangsuli sêmu nêpsu: sanadyan sigaran rak gêmpalaning reyal, anggêp-anggêpan kowe kuwi. Apa anggonku sugih kokira ora saka kalumpuking dhuwit sigar sadhuwit. Dene unine bêdhug Sêmarang prêlune apa. Apa ana bêdhug ditabuh nêkakake dhuwit.

[Grafik]

Pasowanan pasarean ing Bayat.

Tiyang ingkang mindha-mindha lajêng pratela mênggah awonipun tiyang karêm dhatêng donya, wontênipun namung damêl pêpêtêng, tangèh dumugia ing swarga. Lajênging wangsulanipun: manawi kula kapengin donya kados sampeyan, gampil kemawon, siti kula pacul dados kancana.

Ki adipati sangêt ing pamaibênipun, dipun wastani namung tiyang kapara kaduk ing ungêl. Ingkang mindha-mindha lajêng macul wontên ing latar: gacrok, grewal, pêngagah, awarni kancana tanpa una. Lajêng dipun uncalakên dhatêng Ki Pandhanarang kalihan ngucap: punika warninipun kancana ing swarga.

Ki adipati anjêngêr botên sagêd wicantên, lajêng nyatakakên êmas pating prongkal kathah sangêt. Wusana ki adipati rumaos, lan mangrêtos manawi ingkang mindha-mindha wau wali linangkung, lajêng dipun kanthi dipun ajak satata lênggah.

Ki Pandhanarang asrah tobat, rumaos manawi anglampahi dosa agêng, ngina ing sasami-sami, kathah-kathah anggènipun anglairakên ing kalêpatanipun, wusana nyuwun badhe anggêguru.

Ingkang mindha-mindha adhêdhawuh, manawi têmên-têmên badhe anggêguru, angêtingalna tandhanipun tiyang puruita, kêdah manut pakèning guru. Ki Pandhanarang lajêng kapundhutan janji ngêdêgakên barjumuwah tuwin nindakakên punapa sarat rukunipun agami Islam. Dene

--- 1450 ---

têtêp mantêpipun, tiyang anggêguru punika kêdah sowan dhatêng padununganing gurunipun, inggih punika ing Jabalkat.

Ki Pandhanarang matur: Jabalkat punika pundi, lan tuwan punika sintên.

Ingkang mindha-mindha mangsuli: Jabalkat iku tanah Têmbayat, aranku Sèh Malaya. Sasampunipun ngandika makatên, kangjêng sunan lajêng linggar saking ngriku. Ki Pandhanarang nututi botên sagêd, awit kangjêng sunan lajêng botên katingal.

Ki Pandhanarang saya karaos-raos ing galih, saha mantêp nêdya nusul dhatêng Jabalkat, lajêng pamitan kalihan nyainipun: Nyai, kowe karia ana kene, momonga anak putu. Donya brana tak tinggal kabèh, dumên sing warata, lan jêkat-jêkatna nyang pêkir miskin. Makatên ugi Ki Pandhanarang lajêng mranata sawarnining padamêlan dhatêng ingkang sami kantun, supados sami tumindak ing wajib kanthi tumêmên.

Nyai Pandhanarang mirêng dipun pamiti makatên wau, lajêng matur: Kyai kula botên purun kantun, ênggih ajênga têng pundi mawon, kula tumut.

Lo, aja ngono: ta, kowe milu prêlumu apa, ora wurung mung bakal ngrêribêdi lakuku, apa ta sing kogolèki, anak putu akèh, donya ora kurang, yake wis cukup koanggo bungah-bungah sakarêpmu.

Nyai Pandhanarang adrêng ing manah, lajêng matur kalihan mêmbêg-mêmbêg: dhatênga suwarga kula inggih sampeyan cangking, dhatênga naraka botên purun kantun.

Kyai Pandhanarang wêlas ing galih, lajêng ngandika: iya ta milu: ya milua, nanging poma kowe aja anggawa brana. Wêruha, brana iku brahala, yèn kogawa ora bêcik, ora wurung mung bakal gawe pakewuh ing têmbe buri. Lan kowe manganggoa sarwa putih. Sasampunipun makatên, Ki Pandhanarang lajêng bidhal.

Wataking èstri, donya punika dipun anggêp nyawa, mila manahipun Nyai Pandhanarang thukul thak-thêk makatên: la iya, wong kok ngêmohi donya, gèk arêp golèk apa. Wah manèh iki jênêng arêp lunga durung karuwan sing dijujug, yèn nganti kapiran ana ing dalan kapriye. Ya, wis.

Nyai Pandhanarang lajêng milihi rajabrananipun ingkang ringkês-ringkês dipun lêbêtakên ing wuluh gadhing, kangge têkên, wusana enggal-enggal nututi ki adipati.

Ki adipati botên kêkilapan dhatêng kawontênanipun ingkang garwa, nanging reka-reka botên mangrêtos, lampahipun dipun sêngka. Dene Nyai Pandhanarang anggènipun nututi kêconthalan, nanging ajrih nyêlaki ing ki adipati, kuwatos manawi kasumêrêpan wêwadosipun.

Kacariyos tindakipun Ki Pandhanarang sampun têbih, saking Sêmarang, ngambah wana sêpên nyênyêt, ing ngriku kêpapag begal tiga, badanipun sami abênthung-bênthung amurugi Ki Pandhanarang tuwin wicantên angagètakên: ayo. Dhuwit, barang. Gêlis. Badhe kasambêtan.

--- 1451 ---

[Grafik]

Krêtêg kajêng ing Andhu (Sigli), kacariyos sampun umur 200 taun, prabotipun sadaya kajêng, sapriki taksih katingal santosa. Jalaran saking sêpuhing krêtêg wau, kathah tiyang ingkang ngaji-aji saha lajêng nuwuhakên gugon-tuhon.

Waosan Lare

Kasugihaning Tiyang Cêthil (Cariyos Hindhu)

Karanganipun Sitadèwi

IX.

Satyabati kêpêksa kèndêl, namung manahipun sumpêk, jalaran kêraos manawi badhe kêdhatêngan ing bilai.

Sawênèhing tiyang sami tinakdir nandhang cilaka. Satyabati kêlêbêt golonganing tiyang makatên wau, wiwit alit mila tansah kêtula-tula, dalasan ing wêkdal punika inggih botên sagêd oncat saking kacilakan. Antawis dintên malih Balahi mantuk saking pamulangan sampun sakit bêntèr, enjingipun tôndha-tôndha ingkang ngajrih-ajrihi sampun kêtingal nyrambahi badanipun sakojur.

Satyabati kados sampun kêraos ing manah, bilih anakipun badhe dumugi ing tiwas. Môngka sadaya ingkang dipun trêsnani sampun sami botên wontên, kêjawi namung kantun anakipun punika, mila katrêsnanipun inggih kasok dhatêng Balahi sadaya, ananging punika bokmanawi inggih badhe ngoncati ugi. Satyabati sampun kulina nandhang susah kanthi sabar narimah, ing wêkdal punika manawi kasawang inggih kêtingal sabar lan têtêg kemawon. Rintên dalu tansah anjagi anakipun, linggih ing sacêlaking patilêmanipun. Wiwit kala samantên sampun botên nate olah-olah babar pisan.

Dene Dhinabandhu bingung, kuwatos bilih kecalan sadaya darbèkipun. Manawi badanipun piyambak ngantos kêtrajang sakit ingkang ngajrih-ajrihi punika, tamtu nêmahi pêjah, sadaya artanipun lajêng badhe kaêbrèh-êbrèh Satyabati. Saupami [Sau...]

--- 1452 ---

[...pami] sumêrêp pêpanggenan ingkang kenging dipun ungsèni, tamtu inggih sampun pangkat ambêkta kadonyanipun sadaya, namung kemawon botên gadhah mitra satunggal-tunggala. Badhe midêr-midêr ing margi ambêkta arta samantên kathahipun botên sagêd, manawi sagêda botên dangu mêsthi badhe kabegal sarta dipun pêjahi tiyang. Mila inggih kêpêksa wontên ing sênthongipun kemawon tanpa wontên ingkang têtulung, namung nênuwun dhatêng ingkang murbèng alam, mugi kaparingana wilujêng. Sapunika botên nate angsal sarapan kados adat sabên saking anakipun. Ingkang makatên punika botên patosa dados manah, tumbas sêkul sawatawis sampun kaanggêp cêkap.

Botên watawis dangu malih Balahi sampun botên emut punapa-punapa, tansah gêrêng-gêrêng kemawon. Satyabati linggih ing sacêlakipun, ngêpêti lan ngêlus-êlus bathukipun ingkang bêntèr punika. Ing sakawit Satyabati taksih gadhah pangajêng-ajêng anakipun badhe saras, awit sakit cacar punika ing dhusunipun sampun limrah, lan sasumêrêpipun Satyabati inggih wontên tiyang cacarên ingkang lajêng saras. Nanging sarêng sampun sawatawis laminipun, ngrêtos bilih sêsakit wau saèstunipun ambêbayani sangêt. Manahipun kados kajuwing-juwing jalaran saking susahipun. Hêm, mêmêlas sangêt dene gênging katrêsnanipun Satyabati sampun botên sagêd nulungi anakipun.

Rumiyin Satyabati gadhah manah aluwung nigas jangganipun piyambak tinimbang ngasih-asih dhatêng bapakipun ingkang cêthil punika, ananging sapunika sampun botên ngetang wirang tuwin gêthingipun, enggal murugi babakipun atawan-tawan tangis: Dhuh bapak, mugi karsa angaturi dhoktêr, manawi botên makatên anak kula saèstu pêjah.

Kala samantên Dhinabandhu pinuju ribut anggunggung anakaning artanipun, mirêng suwaraning anakipun lajêng andêngèngèk kalihan wicantên prasasat ambêngok: Dhoktêr, mênyang ngêndi anggonku arêp golèk dhoktêr. Ing desa kene ora ana dhoktêr siji-sijia. Yèn kowe arêp ngundang dhoktêr, kudu mênyang tôngga desa, lan manèh aku ora ngrêti sapira wragade. Kajaba ambayar pituwas marang dhoktêre dhewe, uga kudu ambayari wragading tunggangane sarta nyuguh wedang lan liya-liyane. Kang mangkono iku aku ora bisa.

Satyabati muntab muringipun, gagasanipun: Iki manungsa apa setan. Wusana wicantên bêngis: Anggèn sampeyan numpuk arta sundhul langit punika badhe kangge punapa. Punapa manawi sampeyan pêjah badhe kabêkta. Môngka anak kula badhe pêjah, punapa bapak botên purun cucul arta sawatawis rupi kemawon.

Dhinabandhu nyat ngadêg kalihan wicantên cuwawakan: Aku duwe dhuwit saka ngêndi. Sabên uwong padha ngira, yèn aku sugih dhuwit. Apa kowe ora wêruh yèn aku prasasat ora mangan lan sandhanganku pating srêmpal. Apa iku pratandhaning kasugihan. (Badhe kasambêtan)

--- 1453 ---

Panglipur Manah

Bal-balan Ringgit Tiyang

Nuju ing môngsa rame-rame, wontên pakêmpalaning para mudha adamêl pahargyan, inggih punika para pakêmpalan bal-balan sami têtandhingan: B.A.S. (Budi Angga Saras) tandhing kalihan R.A.S. (Rukun Agawe Santosa). Dene ingkang sami main, panganggenipun sami cara wayang sadaya (bal kostime).

[Grafik]

Jêmpolipun B.A.S. pun Gônda, inggih: Gôndamana, panganggènipun wayang cara Gôndamana.

Jêmpolipun R.A.S. pun Gathut, inggih: Gathot, panganggènipun wayang cara Gathutkaca.

Kocapa, panepangipun bal Radèn Gôndamana sakêlangkung bantêr, kalihan pacak gulu: jêglig, bal ngênêr gul. Radèn Gathutkaca, ingkang dados kipêr anglunjak sakêlangkung bantêr, prasasat mabur. Saking rosaning anggènipun namplèk bal, tanganipun kalih pisan anggubêd palang, kados main kêmidhi, main rèhsêtok, jamang mèh mancêlat, salajêngipun kêbanting dhawah, wusana kasliyo tanganipun.

Radèn Ôntasena malajêng badhe nulungi sadhèrèkipun, kalihan mungêl: aja-aja, saking bantêring anggènipun lumajêng, sukunipun kêblowok ing siti, kadosdene jumêdhul saking bumi. Sambatipun: adhuh.

Sang Bima, kurda, murina ing para putra, kêsupèn bilih nuju bal-balan, andhupak Radèn Gôndhamana, pandhupakipun kados andhupak siti bantala, ingkang amblông sajung wiyaripun.

Danawa sabrang golongan B.A.S. tansah anggêrêng, prayitna wontên sawingkingipun Sang Bima, katingal [ka...]

--- 1454 ---

[...tingal] ngajrih-ajrihi.

Radèn Satyaki (R.A.S), botên katalompèn, nyêblakakên sampur, lumajêng anggêndring nyêgat badhe dhawahing bal.

Dèwi Srikandhi, dados juru pamisah, sarêng priksa ingkang main badhe rêsah, lajêng nyêmpriti: thiyut, thiyut.

Wusana sadaya sami kèndêl pating glêrêng.

Cah Daha.

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Darma

Garèng : Truk, Truk, aku arêp takon karo kowe. Sajêrone minggu kiyi kowe apa ora katêkan nonah-nonah adol kêmbang. Wah, Truk, nonah sing arêp lumêbu ing omahku têka landhêp têmên pangraitane, buktine: barêng arêp ngancik pakaranganaku, aku banjur enggal-enggal nêtêgi lawange omahku, kuwi kok banjur cêngkelak bali bae.

Petruk : Wiyah, iya ora prêlu nganggo landhêp panggraitane, sabên uwong iya wis ngrêti, yèn kowe ora gêlêm nêmoni utawa nômpa nonah mau. Wêruha, Rèng, nonah sing arêp têka nyang gonmu mau, adol kêmbang ora saka karêpe dhewe, nanging saka pakone pangrèh ing papan pangupakaraning bocah ing Bogor, dadi olèh-olèhane iya ora kanggo dhewe, nanging kanggo papan pangupkaraning bocah mau.

Garèng : Alkamdulilah, kathik kaya diosikake, tujune aku ora awèh sapèthèl-pèthèla. Wong aku kiyi dudu bangsane wong umuk-umukan, wong onggrongan, nèk diêmisi bangsaku dhewe, bêgja-bêgjane mung ngêwèhi sasèn, nanging nèk diêmisi Walônda, sabab di: mênir-mênir, utawa di: ya wèl-ya wèl iya banjur: tlètèk, ngêwèhi satêngah perak utawa luwih. Nèk aku ora ngono, sèh, aku dudu bangsane wong alêman, wong onggrongan, mulane yèn ana bangsaku ngêmis nyang gonku, iya tak unèkake: maklume. Nèk bôngsa Walônda sing ngêmis, iya tak têtêgi lawang, dadi kabênêran anggonku nêtêgi lawang nonah mau, awit miturut kang wus dipacak ana ing Kajawèn kene, papan pangupakaraning [pangupa...]

--- 1455 ---

[...karaning] bocah ing Bogor kuwi ngêmungake kanggo bocah-bocah anake bôngsa Walônda.

Petruk : Hêm, wong urip nang donya ki pancèn angèl, apa manèh kêpengin diunèkake: ngungkuli sapadha-padha, ora angèla, lagi supaya diarani: lumrah uwong bae, wis rêkasa. Sanyatane dhêmên driyah, jakat, wèwèh, mitulungi sapadha-padha, kuwi kalêbu utama-utamane wong ngaurip, kabèh agama, ya agamaa Kristên, Buda lan sapêpadhane, kuwi kabèh padha andhawuhake mêngkono, malah ing agama Islam, jakat iku kalêbu rukun Islam kang limang prakara. Dadi yèn wong saaku kowe kuwi, yèn kêpenging diarani wong lumrah, sabisa-bisa iya ora kêna ninggal: jakat lan driyah.

Garèng : Lho, kuwi aku ora maido, Truk, nèk tumrape bangsane dhewe, aku ya mupakat, nanging yèn kudu driyah utawa jakat nyang bôngsa Walônda, wah, aku kok ora nodhêg têmênan, dhing.

Petruk : Kowe dak dongèngi ya Rèng, rungokna. Ing jaman kuna ana wong kang tokid bangêt, sabên dina anggone ngibadah nyang Pangeran tanpa ana kêndhate, cêkake wong ngulama gêdhe têmênan. Sawijining dina ana wong Yahudi ngêmis mrono, ngulama mau ora gêlêm awèh apa-apa marang wong kapir mau, jarene lagi ewuh ngibadah. Jalaran saka iku, wong ngulama mau banjur kêsiku ing Pangeran, dosane ora bakal dingapura, yèn durung anjaluk ngapura marang wong ngêmis bôngsa Yahudi mau. Ing kono rak wis cêtha wela-wela, yèn wong arêp awèh pitulungan marang sapadhaning umat, kuwi ora kêna mawang: bôngsa, agama lan sapadhane. Ing kono wêruhe mung ana wong kang lagi kasangsaran, wajibe kene iya mung kudu mitulungi marang sapêpadhane umat kang lagi nandhang sangsara mau.

Garèng : Lho, sajake kok banjur anggawa-gawa agama mêngkono. Ya wis, nanging saiki aku arêp takon karo kowe: apa wis dadi wajibe aku kowe kudu awèh pitulungan bocah-bocah anak jadah, têgêse anak-anake wong sing ora padha ningkahan. Ing môngka jarene, wong lumrah yèn kêtêmu bocah mêngkono kuwi, yèn banjur nothok gundhule, olèh ganjaran. Kajaba kuwi jarene lêmah bae yèn diidak anak jadah, iya banjur bêngok-bêngok, ora-orane ya ringik-ringik.

Petruk : Lho, wêruha, Rèng, unèn-unèn kang mangkono mau karêpe arêp nuduhake, yèn gêdhe-gêdhening dosa kuwi prasasat ora ana sing ngungkuli kaya dene laku jina. Ora ngêmungake sing nglakoni bae, olèh paukuman, sanadyan wohe laku jina mau, uga kêtumusan tômpa paukuman. Mulane, ya Rèng, ing bakbab. kiyi kowe sing ngati-ati. Lèrènana saiki anggonmu yèn ana bathuk kalimis sathithik banjur pêthenthang-pêthènthèng, singsat-singsot karo ngubêng-ubêngake têkênmu. Pangajabmu, nèk-nèke ana rêjêki kêsasar, sing kêpêthuk mau banjur têka ngunggah-unggahi.

Garèng : We, lha, cilaka, kathik andakwa [anda...]

--- 1456 ---

[...kwa] sing ora-ora, sarta ora ngèlingi pisan-pisan anane wong wadon jaman saiki. Aja manèh nganti ana wong têka ngunggah-unggahi, nyaine ora andadak anjaluk ditalak ping pitu, lagi diaruh-aruhi anggone tuku bakal kulambi ngangrangan bae, sanalika banjur purik nyang wong tuwane. Ora Truk, omongmu kok banjur slewengan mangkono. Sarta kowe durung amangsuli, mungguh pitakonku ing ngarêp, yaiku: apa wis wajibe kowe lan aku kudu awèh pitulungan marang bocah-bocah anak jadah mau.

Petruk : Sadurunge aku amangsuli pitakonmu, aku arêp takon dhisik nyang kowe, wangsulana. Mungguhing kowe mangan iwak pitik, sapi, wêdhus lan sapadhane, kang kewane ora sarana disêmbêlèh dhisik, kuwi kêpriye.

Garèng : We, lha, gênahe nyual Petruk kiyi, tujune aku wis tau dadi angguk pirang-pirang sasi, dadi iya ora kewran nyang pitakonmu mau. Iwak kewan-kewan sing kok kandhakake mau. Yèn matine ora sarana disêmbêlih dhisik, nèk miturut agamaku iya kharam, miturut prentahing Pangeran: sakabèhing bangke, gêtih lan babi kuwi kharam, ning kewan-kewan sing pancèn dikalalake, nèk matine mau disêmbêlih sarana nganggo asmaning Allah, lan sing urate gulu têlu nganti pêdhot, kuwi iwake yèn dipangan kalal.

Petruk : Iya wis, saiki aku takon manèh, yèn kowe kabênêr anjajan ana ing rèsturan upamane, apa kowe bisa mêsthèkake, yèn bêstik sing kok pangan kuwi daging sapi sing matine nganggo dibêlèh dhisik. Dadi apa kowe bisa mêsthèkake, yèn iwak mau kalal têmênan.

Garèng : Bab kiyi aku ora wajib ngurus, wêruhku mung mangan iwak sing kalal, apa matining kewane disêmbêlèh utawa mung dipênthung bae, kuwi dudu prakaraku, ning prakarane sing adol.

Petruk : Kuwi bênêr. Kene ora prêlu ngurus apa-apa, wêruhe mung mangan bae. Mêngkono uga mungguhe wong arêp tulung nyang sapadhaning umat, kuwi ora prêlu ngurus apa-apa manèh. Wêruhe: lho, kae ana wong kasusahan, aku wajibe kudu awèh pitulungan, cuthêl.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat Kabar Sanès

Wiwit tumapakipun wulan Januari taun ngajêng punika, propènsi-propènsi badhe ngêdalakên pranatan, nêmtokakên lampahing otobis botên kenging langkung 40 kilomètêr saêjam, malah manawi wontên prêlunipun kenging kasuda.

Lulus kandhidhat iksamên bagiyan kapisan ing pamulangn luhur pangadilan ing Batawi, Tuwan Tj. Kartapati.

Pamulangan calon priyantun ing Bandhung badhe mèngêti adêging pamulangan, mawi pahargyan saha damêl buku pangèngêt-èngêt, rantamaning waragat f 3000.-. Pamulangan calon priyantun ing Magêlang ugi badhe mèngêti makatên.

Wiwit tanggal 6 wulan punika ing Cirêbon katêtêpakên tuwuh sêsakit pès.

--- 1457 ---

Ing Cilacap mêntas wontên jawah angin agêng, kathah kawat listrik ingkang pêdhot, danguning jawah angin ngantos 20 mênit. Ing kampung Wanasari wontên griya ambruk tiga iji. Ing margi krompengan wontên wit kênari sol, ngantos ngalang-alangi margi.

Ing Kaliurang, Ngayogya wontên nonah asli saking Wanasaba ngajal jalaran sakit pès. Ingkang wajib sampun nyatakakên, tikus-tikus ing Kaliurang kathah ingkang kenging sakit pès.

Radèn Tumênggung Nitipura, abdi dalêm dhoktêr ing Surakarta, ingkang kadhawuhan anglajêngakên sinau dhatêng nagari Walandi, sapunika sampun lulus, saha sampun wangsul dhatêng Surakarta.

Ing Madiun wontên kalawarti enggal nama De Verkenner, mawi basa Walandi tuwin Malayu, mêdalipun sabên tanggal 5 tuwin 20 wulan Walandi, redhakturipun Tuwan Wiryapraja (ngrangkêp dhirèktur), 2 Tuwan Suraatmaja. Kalawarti wau kalêbêt waosanipun para priyantun pangrèh praja.

Ing Jêmbêr wontên paguron kasampurnan, ingkang dados guru jêjuluk: rama, badanipun mawi dipun cèt cêmêng, murih tiyang ngandêl manawi piyambakipun titising Bathara Wisnu. Semahipun jêjuluk Dèwi Sinta, anak jêjuluk Pandhu. Kathah tiyang ingkang dhatêng anggêguru, sarananipun mawi ambêkta mori, tindhih arta gangsal rupiyah. Pamêjangipun wontên ing wulan Sapar, murid mawi dipun pocong katilêmakên, lajêng kawêjang. Kyai wau sagêd anjôngka, benjing ing taun 1930 têtiyang sami pêjah, kajawi para muridipun. Kapitadosan kados makatên punika gampil ngerubakên tiyang kathah, nanging botên sande namung badhe dados padamêlanipun ingkang wajib.

Ing wulan punika kumisi inlansêrèhpêrsun badhe parêpatan wontên ing Jawi Kilèn tanggal 15 jam 6 sontên wontên ing sositit Serang. Tanggal 16 jam 6.30 lan manawi prêlu tanggal 17 jam 8.30 enjing, wontên ing dhepartêmèn têtanèn ing Bogor. Tanggal 21 jam 6 sontên tuwin tanggal 22 jam 8.30 enjing, ing sositit paguyuban, ing Garut 22 jam 6 sontên, lan manawi prêlu tanggal 24 jam 8.30 enjing ing Sukabumi, wontên ing papan parêpatan rêgènsêkapsê rad. Tanggal 30 jam 8.30 enjing tuwin jam 6 sontên, wontên losê bintang timur ing Wèltêprèdhên.

Kala tanggal 8 wulan punika, ing Majalêngka wontên tiyang kêkalih badhe minggah kaji bidhal saking kampungipun, dipun garubyug ing tiyang kathah, ngantos kalih atusan. Sarêng lampahipun badhe anglangkungi krêtêg gantung tosan (panjangipun 38 mètêr, lêbêting dhasar 10 mètêr, nuju asat) kapala dhusun ingkang ambawahakên mênggak, sampun ngantos langkung sêsarêngan, nanging têtiyang ingkang sami langkung botên maèlu, mêksa lajêng kemawon. Wusana krêtêgipun ambrol, sadaya ingkang sami langkung kêcêmplung, wontên tiyang sakawan ingkang kêtatap ing sela, pêjah, gangsal nandhang tatu rêkaos, pitung dasa tatu sawatawis. Kapala dhusun lajêng lapur dhatêng kabupatèn Majalêngka. Botên dangu ngintuni dhoktêr saking Kuningan kanthi patih, dhirèktur rêgènsêkap wèrkên, tuwin komisi bôngsa ahli dipun tindhihi dening Tuwan Ir. F. Esser, ingkang bupati ugi lajêng rawuh. Têtiyang ingkang tiwas utawi kasangsaran, sami kabêkta dhatêng griya sakit Kuningan. Miturut papriksan, botên anglêpatakên bab yêyasan, prakawis taksih kapriksa.

Kawontênanipun ewah-ewahan lampahipun sêpur sênèl saking Wèltêprèdhên kêtingal botên sapintêna majêngipun, malah katingal kirang, ewadene tumrapipun sêpur kilat Wèltêprèdhên-Surabaya sadintên, sanadyan ingkang numpak namung sakêdhik, ugi anglêgakakên. Sêpur sênèl Wèltêprèdhên-Ngayogya, wontênipun tiyang numpak tanggal 1 klas 1 ênêm, klas 2 tiga wêlas, klas 3 kawan dasa tiga. Tanggal kalih urut-urutanipun: 3. 9. 27. tanggal tiga: 5. 13. 19. tumrapipun sêpur sênèl kalêbêt botên sapintêna. Dene sêpur kilat, tanggal sapisan: 4. 13. 33. tanggal kalih: 3. 8. 17. tanggal tiga: 2. 16. 37. môngka sadhiyanipun panggenan ing sêpur kilat wau klas satunggal 12, klas kalih 25, tuwin kêlas tiga 70. Nanging tumrap sêpur sênèl saking Surabaya dhatêng Cirêbon, utawi kosok-wangsulipun, kêtingal majêng.

Radèn Adipati Arya Muhamad Ahmad, bupati ing Kuningan, tuwin Radèn Mas Ngabèi Partana Andayanata, wadana pangrèh praja Mangkunagaran, sampun sami dumugi ing Groningen, prêlu badhe nyinau bab tumindaking têtanèn ing ngriku.

Kawartosakên, Tuwan Tamrin, wèd odhêr gêminte ing Batawi, mêdal saking anggènipun dados wèd odhêr, jalaran botên dipun pilih dados wêwakil bêrgêrmistêr, malah dipun langkahi andadosakên wêwakil tiyang sanès, nama Tuwan Leewis. Ing bab punika nuwuhakên kirang marêming ngakathah, para warga gêmintê tiyang siti lajêng sami mêdal. Samantên kawontênanipun kamajêngan saha raosing kabangsan ing jaman sapunika.

Pawartos saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 1679 ing Taman. Pamundhut panjênêngan anglêbêtakên, adpêrtènsi botên sagêd kawrat ing Kajawèn, awit kajawi botên sagêd dadakan, tumrap adpêrtènsi kados makatên punika wêdalipun badhe kasèp sangêt. Makatên malih waragadipun f 12.50 kêdah kabayar rumiyin.

--- 1458 ---

Wêwaosan

Sirwenda lan Danurwenda

Anggitanipun Muhamat Dohiri

8

[Pocung]

nadyan mungsuh ngajak slulup astha tèngsu / myang sawarsa pisan / sayêkti lamun tan ajrih / sang dipati malênggong tyas èsmu suka //

dyan cinatur sang dipati arsa kondur / maring Pasantênan / sakamantyan sukèng galih / tansah ngajap enggala nuli kêpanggya //

mangkya nutur Baron Sêkèbêr kang ngluyur / midêr jajah praja / kèngêtan ing jangjinèki / lan Dipati Pragola ing Pasantênan //

marmanipun karsanira arsa wangsul / ngambali ing yuda / dupi prapta ing nagari / Pasantênan anjujug wismèng bok rôndha //

dadya ngungun dene ing Kêmiri suwung / nyana lamun oncat / ngalih desa lyanirèki / awit saking kapêpêt ing kawirangan //

luputipun têmah dadi ngayut tuwuh / marma rudah ing tyas / Sêkèbêr sajroning galih / analôngsa rumôngsa karya wisuna //

dadya kantun saprakara kang rinuruh / ayun magut yuda / yèn Pragola wus kalindhih / Pasantênan karêgêm ing astaningwang //

brape untung guwe dhapêt nagri bagus / adhe pêlabuhan / dhi Jêpara paling baik / ciptanira Sêkèbêr têka mangkana //

marma gupuh maring Patiayam wangsul / nèng unggyane lama / dupi katupiksa dening / kang pinatah jaga guwa Patiayam //

nulya matur mring dipati gupuh-gupuh / mangkya sang dipatya / myarsa ture kyai jagi / enggal dènnya têdhak marang Patiayam //

dupi pangguh kêkalih prasamya tundhuk / Dyan Pragola lingya / hèh ta Sêkèbêr samangkin / kadiparan ingkang dadi karsanira //

duk angrungu Sêkèbêr mangsuli asru / hèh ta sang dipatya / payo sakarêpmu dadi / yêkti nora cuwa atandhing lan ingwang //

apa ayun ngadu manèh jayèng pupuh / miwah kyating badan / tanapi wulêding kulit / sun tan wêgah kaya patraping taruna //

Sinom

sang dipati lon ngandika / paran ta Sêkèbêr mangkin / rèh jurit wus tanpa karya / marma mangkya karsa mami / sun karya pasanggiri / singa bêtah munggwing ranu / slulup amblês ing toya / yèku kang unggul pribadi / kang tan kwawa wus masthi iku kang kalah //

Sêkèbêr lon wuwusira / lah Pragola iku bêcik / nanging ing pamintaningwang / yèn sira sor dening mami / prajanta kang sêpalih / dadia bubuhan ingsun / lamun kasor manira / apa sakarsanirèki / nora kêni ingsun suwala ing prentah //

nadyan dadi panakawan / gêdhene têka ing pati / lila lair manrus ing tyas / Pragola lêgêg ing galih / micara jroning ati / jawane Sêkèbêr iku / arsa ngrêbut nagara / tan kêni yèn ginagampil / ingsun sêngguh duk nguni nora mangkana //

marma dadya angandika / lah Sêkèbêr iya bêcik / yogya benjang kinawitan / sun arsa akarya saksi / kang môngka asung uning / sapa kang dhihin mancungul / riwusira mangkana / sang dipati kondur aglis / ciptanira Sêkèbêr têka mangkana //

i ladalah kêmayangan / tan linyok ujarku nguni / lamun praja Pasantênan / karêgêm ing asta mami / baya tan kulak warti / tan arsa adola prungu / kaloka jana priya / lamun wong ing Atasangin / pakaryane manjing têlênging samodra //

kawarnaa enjangira / Sêkèbêr sampun miranti / pakartine munggwing tirta / mangkana sang adipati / rawuh sarwi anganthi / kêkalih kêkasihipun / Sirwenda Danurwenda / kang môngka kinarya sêksi / sang dipati jêngêr myat ing patrapira //

Sêkèbêr dènnyarsa mangsah / malbèng têlênging jaladri / tan winarna roncènira / ya ta wus praptèng pasisir / salèring ardi Clêring / saksana kêkalihipun / ingikêt astanira / sang dipati ngandika ris / mring kêkalih kang kinon angulur tampar //

hèh Sirwenda Danurwenda / padha waspadakna mangkin / sapa kang dhihin kumambang / tumimbul dhasaring warih / yèku ingkang kalindhih / lah mara tarikên gupuh / dene kang isih lana / munggwing sajêroning warih / asungana sasmita sarana nyêndhal //

têtali rambah ping tiga / mangkono abola-bali / sandika ingkang liningan / saksana kêkalih nuli / ambyur maring jaladri / datan antara ing dangu / karone tan katingal / kocapa sang adipati / amituhu dhawuhira sang pandhita //

nulya slulup manjing guwa / sukuning ardi Calêring / kawarta wujuding guwa / tuhu bawera kêpati / dhasaring guwa warih / nyalèntrèng lir êrong tikus / marmanta sukèng driya / sang dipati dupi uning / kacarita Sêkèbêr kang manjing tirta //

duk praptèng dhasar samodra / umyat rêngganing jaladri / kang dhêdhasar sela karang / sukèng tyas kêpati-pati / midêr jajah jaladri / anon mring asrining gunung / kang munggwing jro samodra / rèntèp tirême apipit / nyana têmtu ing kono unggyan mutyara //

nulya myat kêmbanging karang / sukèng tyas duk aningali / miwah kêkaywan samodra / kang pae lan dhasar bumi / sobrah rêkah kêpati / tan ana pradapanipun / tanapi pêntil kêmbang / sawênèh ana ngalêcir / warna-warna kaelokaning samodra //

nahên langêning samodra / mangkya wus dungkap tri ari / dènnya munggwing jro samodra / Sêkèbêr dahat ngalêntrih / sakojur angganèki / anglir linolos kang bayu / marma nulya kumambang / tumimbul dhasaring warih / lembak-lembak lumembak katut ing ombak // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 95, 24 Jumadilakir Taun Ehe 1860, 27 Nophèmbêr 1929, Taun IV

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1491] ---

Ôngka 95, 24 Jumadilakir Taun Ehe 1860, 27 Nophèmbêr 1929, Taun IV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Bantên

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar pasareanipun Sultan Maulana Hasanudin ing Bantên, dipun gambar saking manara.

--- 1492 ---

Raos Jawi

Sêkaring Bale Griya

Wêwarahipun karangan ing nginggil punika kajêngipun prasaja sangêt, inggih punika mêngku kajêng, tiyang gêgriya punika kêdah sagêd ngrêrêngga, lan rêrêngganipun wau kêdah sae panatanipun, utawi sagêd prênah, awit botên dupèh sugih prabot, manawi botên sagêd nata malah katingal pating blangkrèh kados barang titipan. Beda kalihan ingkang sagêd mrênahakên, sanadyan barang namung sakêdhik, katingalipun sae, araos kobèt nêngsêmakên.

[Grafik]

Pandhapining griya ingkang ngrêsêpakên (griya asistèn wadana ing Pagadhènbaru)

Bab panataning barang ingkang tata prênahipun, punika tumraping para wanita ing jaman sapunika sampun botên nguciwani, awit kajawi sagêd nata, ugi botên kêndhat anggènipun rêrêsik. Beda kalihan jaman kêmproh-kêmprohan, palênggah dian ingkang wontên ngajêng, mejanipun asring kenging pun sêrati, saking kathah balêdugipun. Ingkang dipun wastani jaman kêmproh punika rekanipun ngawon-awon wanita jaman kolot, ingkang sapunika sampun dipun sêbut êmbah, samantên wau namung kangge jangkêping pangawon-awon, awit pangalêm punika manawi botên dipun sisihi kosokwangsulipun kirang sêdhêp.

Nanging murih botên adamêl rêngating panggalihipun para wanita êmbah, prayogi dipun aturi pangalêm. Sayêktosipun botên kok kêmproh

--- 1493 ---

makatên, salugunipun namung saking kiranging sagêd nata rêrênggan, awit dhêdhasaripun namung sarwa prasaja, rêsikan inggih sampun nindakakên, kaot dèrèng kados sapunika, rêsikaning wanita kina sèlèhipun kaantukakên dhatêng linulutan ing rijêki, mila rêsikanipun ngantos dumugi latar punapa, sumrambah ngantos dumugi padaringan, ngawekani manawi Dèwi Sri rawuh sampun ngantos cuwa ing panggalih. Sarêng wanita jaman mudha: rêsikan punika adamêl kasarasan, malah botên kasarasan lair kemawon, dalah kasarasaning batos inggih dipun udi, kados ta asrining sawangan. Punika sagêd damêl sarasing batos, mila sanadyan èstri inggih rêna nanêm sêsêkaran, asrining sawangan wau kenging dipun wastani dados sêkaring bale griya.

Ing ngriki nglajêngakên bab kajênging sêkar bale griya, punika sayêktosipun botên pinanggih wontên ing sawangan ingkang dhapur rêrênggan makatên, sajatosipun anak, mila ngantos kalêbêt ing bêbasan: sêpênipun bale griya punika manawi tanpa lare, mila sampun mathuk sangêt manawi lare punika dipun pindhakakên sêkaring bale griya.

[Grafik]

Wujuding sêkar bale griya lan sêkar patamanan

Bab anak punika tumrapipun para maos ingkang pêputra tamtunipun sampun sagêd anggalih piyambak, utawi manggalih ngantos kandhas sayêktos. Cobi saupami wontên sayêmbaran baut-bautan ngalêm anak, kintên kula botên wontên tiyang ingkang botên pintêr, sanadyan anakipun kados setanan, mêksa tuwuh pangalêmipun, upami irungipun pèsèk ngantos lamat-lamat, taksih sagêd mungêl: wah, irunge anakku mèmpêr Radèn Rama Jayapati, sanadyan awon, nanging taksih katitipan sae. Dalasan burik kemawon, manawi buriking anak inggih taksih dipun êlêm: wah, burike anakku le gêdhi-gêdhi. Sadaya wau ngantos nuwuhakên bêbasan kancana wingka.

Manawi dipun manah makatên, punapa kabêgjan, kasênêngan tuwin sanès-sanèsipun punika namung dhumawah ing tiyang anak-anak. Manawi dipun manah sabrebetan, utawi dipun sawang lair pancèn makatên, awit sintên tiyangipun ingkang botên sênêng ningali anakipun saras, lêma-lêma, agêngipun dados lare pintêr, sêpuhipun dados tiyang sugih singgih. Hêm, sabên tiyang tamtu kapengin.

Nanging manawi nyata makatên lajêng kadospundi, dene kawontênan ing donya têka tanpa têtimbangan. Mila prayoginipun dipun galih panjang, sayêktosipun tiyang anak-anak punika tiyang kalêbêt paukuman, salêbêtipun kuwajiban tansah

--- 1494 ---

ngrisak manah, anak wiwit bayi sampun nyukani padamêlan, bapa biyung kapurih ngopèni, manawi sukêr sakit, tiyang sêpuh kapurih rêkaos, manawi lare ambêlêr, tiyang sêpuh kapurih anyêl, manawi murang sarak, tiyang sêpuh kapurih risak manahipun, dene pungkasanipun, manawi anakipun ngrumiyini pêjah, tiyang sêpuhipun kapurih nangis, malah kapurih ngênês pisan. Dados ngasoning tiyang sêpuh ingkang gêgayutan kalihan anak, punika manawi anakipun sampun uwal saking anggènipun dados têtanggêlan, ing ngriku kasanepakakên luwar saking paukuman.

Wosing andharan punika anggambarakên, bilih bingah lan susah punika tansah gêgandhengan.

Jugul.

Jagading Wanita

Raos Pamanahaning Èstri

Punapa kêparêng kula nyambêti karanganipun sadhèrèk Siti Suharti ing Kajawèn ôngka 88 inggih punika bab kadospundi mênggah antêping wanita lan priya, ananging atur kula punika botên pisan-pisan bilih anyaruwe, saèstunipun namung lugu matur salêrêsipun, saha ugi namung tumut-tumut kemawon.

Sadaya pangandikanipun sadhèrèk Siti Suharti punika, lêrês pancèn inggih makatên, bilih wanita manawi kadhasaran manah mantêp ingkang tamtu inggih sêtyatuhu ing wacana, botên ambalenjani, saha ugi dipun wujudi. Anamung kaantêpaning priya sanadyan sampun kêwêdal prasêtyanipun dhatêng wanita, ewadene ugi asring dipun cidrani, saha namung kangge sêkar lathi kemawon. Ingkang makatên wau saking pamanggih kula bokmanawi saking kathahing godha-rêncana ingkang tumanduk ing sanubarinipun. Awit priya punika botên namung wontên ing griya kemawon, ananging kathah têbanipun saha wiyar polatanipun. Dados botên kados wanita namung tansah ngundhêr wontên griya kemawon (lo punika manawi ingkang taksih ngênggèni kaum kolot).

Ing Sêrat Menak, wontên prasêtyanipun tiyang agung Menak Jayadimurti kalihan Dèwi Muninggar makatên, tiyang agung botên badhe krama angsal wanodya sanèsipun rumiyin bilih dèrèng dhaup kalihan Dèwi Muninggar, samantên ugi Dèwi Muninggar botên badhe krama angsal priya sanès kajawi tiyang agung, wusananipun ingkang têtêp prasêtyanipun wau Dèwi Muninggar, dene tiyang agung botên sagêd nêtêpi prasêtyanipun, amargi nalika wontên nagari Mêsir, inggih punika sadèrèngipun kêlampahan dhaup kalihan Dèwi Muninggar putri Mêdayin, tiyang agung sampun anglampahi krama rumiyin angsal putri Mêsir Dèwi Sêkar Kêdhaton. Dene anggènipun krama wau sayêktosipun botên saking kajêngipun piyambak, ananging saking pamrayoginipun [pa...]

--- 1495 ---

[...mrayoginipun] Dèwi Jarahbanun, inggih punika satunggiling putri ingkang sampun nate anyaèni dhatêng tiyang agung, pramila tiyang agung ugi kêpêksa nuruti punapa sapamrayoginipun Sang Rêtna Jarahbanun wau, jêr rumaos sampun karoban kautamèn.

Ananging sanadyan anggènipun krama tiyang agung wau botên saking kajêngipun piyambak, inggih têtêp anyidrani prasêtyanipun ingkang sampun kêlair dhatêng Dèwi Muninggar, anamung sarèhning tiyang agung punika kadamêl satunggaling priya ingkang utami, tuwin botên nate cidra ing janji, pramila cidranipun wau lajêng dipun wangun dening pujôngga supados sampun kêtingal bilih sayêktosipun tiyang agung sampun nate cidra ing ubaya, makatên malih tandhanipun sarêng kagungan putra saking Dèwi Sêkar Kêdhaton ingkang nama Radèn Maryunani, lajêng dipun cariyosakên bilih saking kaelokaning pangeran kadadosan saking pasupênan. Ingkang makatên wau manawi dipun manah punapa inggih angsal nalaripun, sanadyan saking karsaning Allah pisan, dene namung saking supêna kok sagêd dados. Pramila Dèwi Muninggar inggih maibên sarta sangêt runtik panggalihipun, awit rumaos bilih dipun cidrani dening tiyang agung. Namung sarèhning pawèstri punika panggenaning apês (nanging jaman rumiyin, manawi jaman sapunika inggih botên ta bilih apês sangêt, jêr sampun santun jamanipun) pramila dangu-dangu inggih lajêng dipun pupus sarta trimah ngawon. Dados tiyang agung wau sanadyan anggènipun prasêtya sampun lair têrusing batos, têgêsipun botên namung lêlamisan, ewadene inggih mêksa botên sagêd têtêp, bokmanawi ingkang makatên wau sampun dados mêsthinipun bilih bôngsa priya punika angèl sangêt manawi nêtêpi ubayanipun. (Badhe kasambêtan)

Siti Rusiyah.

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja, Ind. Arts ing Kudus

Sêsakit pathèk (Framboesia).

Sêsakit punika ing Indonesiah utawi tanah sanès-sanèsipun ingkang hawanipun bêntèr sampun waradin wontên.

Basilipun ingkang nukulakên sêsakit wau bangsanipun spirochaeten, ingkang dados wiji sêsakit raja singa (syphilis) bedanipun sêsakit pathèk lan syphilis punika pathèk botên kêras lan botên ngrisak sangêt-sangêt dhatêng ingkang sakit wau utawi turunanipun botên katrajang. Sarêng syphilis sêsakit ingkang kêras lan angrisak sangêt dhatêng ingkang kataman lan turunanipun sagêd risak sangêt kadadosanipun.

Limrahipun ing padhusunan, ingkang pathèkên punika lare-lare, wontên satunggal kalih tiyang sêpuh ingkang katrajang. Tiyang-tiyang ingkang pathèkên punika [pu...]

--- 1496 ---

[...nika] ingkang dipun raos sakit linu pêgêl ing ros-rosan lan balung-balung, langkung-langkung ing wanci dalu. Sampun limrah ing padhusunan, manawi lare-lare ingkang sami sakit bêntèr wanci dalu ngrengan, tiyang sêpuhipun sok mungêl: bocah iku manawa arêp mêtu pathèke. Trêkadhang saèstu, ing sawatawis dintên thukul pathèkipun, bêntèripun lajêng ical, dalu botên ngrengan malih. Pamanggihipun tiyang-tiyang wau manawi lare botên mêdal pathèkipun punika tansah sakitên warna-warni kemawon. Mila ing padhusunan sakit pathèkên punika sampun dipun anggêp mêsthi wontênipun, manawi wontên lare pathèkên punika inggih kaanggêp sampun limrah. Sêsakit pathèk nularipun saking satunggaling tiyang dhatêng tiyang sanès, jalaran gêpokan. Ingkang saras kulitipun babak utawi busèt kalêbêtan wiji sêsakit wau. Manawi pangangge ingkang sampun rêgêd gupak iluning korèng pathèk dipun angge utawi kacêpêng tiyang saras sagêd ugi katularan, lalêr ingkang mencok utawi ngrubung korèng pathèk sêsampunipun pindhah mencok dhatêng tiyang saras ingkang kulitipun pinuju busèt utawi babak, suthang utawi sukunipun lalêr ingkang gupak rêrêgêding pathèk punika lajêng sagêd nularakên.

[Grafik]

Gambar ingkang sisih kiwa taksih sakit, ingkang têngên sampun saras.

Manut ingkang kasêbut ing buku-buku kadhoktêran, lare utawi tiyang ingkang sampun nate pathèkên punika adat botên sagêd katrajang malih, dados sampun kalis. Ananging nyatanipun botên makatên. Limrahipun tiyang utawi lare sagêd rambah-rambah pathèkên utawi sakitipun sagêd kumat malih, punika kula sampun nyipati piyambak, dalasan ingkang dipun jampèni suntikan ugi makatên. Kangge jampi pathèk botên cêkap sapisan kemawon, sakêdhik-sakêdhikipun kêdah rambah kaping tiga, langkung-langkung manawi pathèkipun mêdal ing tlapakan, dipun wastani bubul.

Sasampuning incubatie utawi sluimertijdperk, wêkdal antawisipun lumêbêting wiji sêsakit ing badan kalihan thukulipun sêsakit 2-3 minggu. Ingkang kataman wêkdal samantên badan kraos bêntèr sakêdhik, ros-rosan lan balung sami linu lajêng ing panggenan kulit ingkang katularan spirochaet (wiji sêsakit pathèk) sami mrongkol agêngipun sami kalihan kacang kêdhêle sagêd saklungsu utawi langkung agêng, salêbêtipun kalih dintên ingkang mrongkol-mrongkol wau sagêd mêcah dados korèng ingkang mundul, korèng wau ngêdalakên jitah utawi nanah ingkang sagêd garing dados upil, nutupi korèngipun katingal rêgêd abrit sêmu jêne utawi ijêm jêne. Manawi upil kaklothok lajêng katingal korèng dados abrit kadosdene framboos mila korèng pathèk dipun namakakên framboesia thukulipun korèng pathèk wau wontên ingkang satunggal [satung...]

--- 1497 ---

[...gal] kalih, wontên ingkang kathah, gumantung panggenan ingkang katularan, asring kemawon ing badan sakojur thukul pathèkipun jalaran wiji sêsakit sampun kabêkta dening êrah. Ingkang limrah thukulipun pathèk kathah wongtênwontên. ing rai, ingkang ing têmbe andadosakên risak lan awoning warninipun tiyang wau.

Lare sêsêpan ingkang gadhah pathèk ing lambe nusu biyungipun, susuning biyung sagêd katularan dados pathèkên, kosok-wangsul biyung ingkang nusoni lare gadhah sêsakit pathèk ing susu, jalaran lare nusu biyungipun, sagêd katularan pathèkên. Badhe kasambêtan.

Cariyos Kina

Cariyosipun Dhusun Kuthaliman Ondêr Dhistrik Pasir, Dhistrik lan Kabupatèn Purwakêrta, Sababipun Botên Kenging Kalêbêtan Priyantun

Kintên-kintên sampun 200 taun sapriki, sasedanipun Radèn Tumênggung Yudanagara I Bupati Banyumas. Saking karsa dalêm Kangjêng Sinuhun Kartasura, nêtêpakên satunggaling priyantun Kartasura jumênêng bupati Banyumas.

Putranipun Radèn Tumênggung Yudanagara I ingkang kakung sêpuh piyambak miyos saking garwa pangrêmbe, botên têrang namanipun. Jalaran saking botên kanggêp anggêntosi kalênggahanipun ingkang rama, lajêng nyantri sarta mratapa ing rêdi Candhana, sukunipun rêdi Slamêt, wêwêngkon Dhusun Kuthaliman.

Sarêng antawis lami, bupati ingkang saking Kartasura tampi kalêpatan kalungsur saking kalênggahanipun. Kagêntosan putranipun Radèn Tumênggung Yudanagara I, ingkang miyos saking garwa padmi, asma Radèn Tumênggung Yudanagara II.

Putra saking pangrêmbe wau taksih wontên ing Kuthaliman, sarêng mirêng wartos ingkang rayi sampun jumênêng bupati ing Banyumas, nalika lurah dhusun Kuthaliman badhe pasok paos dhatêng Banyumas, kawêling dening radèn santri wau, supados kaaturna ingkang rayi ingkang bupati Banyumas, manawi sariranipun wontên dhusun Kuthaliman, sadaya wêlingan dumugi ingkang bupati, nanging dhawuhipun ingkang bupati botên pitados, kagalih tiyang ngakên-akên kemawon. Sabab ingkang raka wau sampun lami sangêt anggènipun tilar nagari sarta sampun wontên wartosipun seda.

Sareng lurah dhusun Kuthaliman wangsul ing dhusunipun, lajêng prasaja sadhawuhipun ingkang bupati Banyumas. Radèn santri sakalangkung nalôngsa, sabab pangajêng-ajêngipun jumênêng bupati botên kalêksanan, saya sarêng ingkang rayi ingkang jumênêng bupati, botên karsa ngangkên sadhèrèk sariranipun. Mila lajêng ngandika: Iki panggonan cilaka, têmbe buri aja ana bôngsa priyayi kang têka ing desa kene,

--- 1498 ---

sabab sing nêkani desa iki bakal cilaka kaya awakku.

Cakêtipun dhusun Kuthaliman wontên dhukuh nama Kaliputra, kacariyos punika dhukuh ingkang asring karawuhan dening radèn putra wau.

Ing salêbêtipun Kuthaliman wontên pakuburan ingkang kanamakakên dening tiyang kathah nami pakuburan Panêmbahan Dalêm Santri, inggih punika pakuburan ingkang botên kenging kadhatêngan priyantun utawi tiyang ingkang gadhah blônja, inggih punika ingkang kakintên tiyang kathah ingkang kagungan wêwalêr punika, nanging tiyang kathah botên sumêrêp watêsipun bumi awisan punika, namung tiyang kathah sagêd cariyos, sakubênging kuburan Panêmbahan Dalêm Santri, kirang langkung sapal têbihipun, kasumêrêpan wingitipun, botên kenging kaambah tiyang cêpêng damêl gupêrmèn utawi partikêlir.

Mênggah wiwitipun nama Kuthaliman, sabab ing cakêtipun pakuburan Panêmbahan Dalêm Santri kintên-kintên ¾ pal têbihipun, wontên tilas pagupakan gajah, ingkang kakintên kagunganipun ingkang sumare ing ngriku, dados katêlah kuthaning liman.

Cariyos ing nginggil sadaya punika kula kintên sae kangge isèn-isèning kalawarti Kajawèn. Kangge panjagining kawilujênganipun para sadhèrèk ingkang dèrèng uninga, sarta ingkang pitados. Dene manawi wontên lêpatipun cariyos punika, kula nyuwun pangapuntên, sabab kula amung mêndhêt saking cacriyosan dhusun kemawon.

Admadipura, K. 178

Redhaksi Kajawèn botên nêtêpakên têmêning dayanipun patilasan wau, nanging patilasan wau nyata wontên.

Gramopun Gagrag Enggal

[Grafik]

Ing sapunika ing Eropah sampun wontên gramopun mawi pirantos ingkang gêgayutan kalihan wanci kadosdene bèkêr. Dados saupami wungunipun sare mundhut pêthukan gêlathik glindhing, badhe dipun dhawuhana mungêl jam pintên, inggih sampun sumadhiya, kantun nyêtèl kemawon, garagaping wungu tamtu badhe sakeca. Nanging gèk mangke sarêng sampun kulina malah nganglêrakên anggènipun sare. Prayogi dipun nyatakakên manawi pirantos wau sampun dumugi ing ngriki kemawon. Wujudipun kados gambar sasisih punika.

--- 1499 ---

Bab Tanêman

Panenan Sata ing Têmanggung

Têmanggung punika nagari alit, kalêbêt wêwêngkon paresidhenan Kêdhu. Ingkang nama Kêdhu, saèstunipun inggih Têmanggung punika. Pamêdalipun nagari ngriku ingkang nama kondhang, punika kapal Kêdhu, ayam Kêdhu tuwin sata Kêdhu. Dene ingkang badhe kula andharakên ing ngriki bab panenan sata ing nagari Têmanggung.

[Grafik]

Tanêman sata nêdhêngipun wanci dipun pêthik.

Ing Têmanggung punika sabên taun wontên panenan sata kaping kalih, amargi pananêmipun inggih kaping kalih, ing wulan Marêt dumugi wulan April, nanêm sata ing patêgalan, ing wulan Mèi dumugi wulan Juli, nanêm sata ing sabin. Panènipun sata ingkang katanêm ing patêgalan, wiwitipun wontên ing wulan Sèptèmbêr, ingkang katanêm ing sabin, wontên ing wulan Nopèmbêr. Mila wiwit ing wulan Sèptèmbêr dumugi Dhesèmbêr utawi Januari, ing Têmanggung tansah rame, inggih punika ramenipun tiyang sade sata.

Têtiyang dhusun ingkang sami panèn sata ing wêkdal wau tamtu sami sênêng-sênêng, amargi wancinipun tiyang sami sugih arta. Nanging sayêktosipun ingkang sênêng botên ngêmungakên tiyang ingkang sawêg sami panèn sata [sa...]

--- 1500 ---

[...ta] punika kemawon, sanadyan sanès bôngsa ugi sami tumut bingah, malah trêkadhang langkung bingah tinimbang tiyangipun tani.

Caranipun ing Têmanggung, têtiyangipun tani ingkang sami nanêm sata, andamêl sata limrah, têgêsipun botên sata garangan. Panyadenipun sata wau wontên ing pacinan, utawi dhatêng tiyang Kudus ingkang sami dagang sata dhatêng pabrik sês krètèg.

Kawontênanipun ing padhusunan sarta ing nagarinipun Têmanggung, sapunika sawêg rame sangêt. Têtiyang ing dhusun sami nyambut damêl, wontên ingkang ngrajang godhong sata, wontên ingkang sawêg ngêpèni sata ingkang nêmbe karajang, wontên ingkang andamêl kranjang utawi mepe dêbog. Sanèsipun ingkang sampun rampung, sami kesah dhatêng kitha prêlu nyade satanipun. Enjing umun-umun, sampun kathah sangêt para tiyang tani ingkang sami nyunggi daganganipun sata dhatêng kitha. Dèrèng ngantos dumugi salebêting kitha para tiyang tani wau sampun dipun cêgati wontên ing watêsing kitha dening para sudagar bôngsa Tionghwa utawi tiyang pribumi asli saking Kudus. Ing panggenan ngriku kathah sata ingkang sami dipun tumbasi, ingkang botên kadadosan kasade ing ngriku utawi ingkang sami lêngganan, sami kabêkta dhatêng Pacinan. Saya siyang saya kathah cacahipun tiyang dhusun ingkang sami badhe nyade satanipun. Saking kathahipun ngantos ing ngajêng griyanipun para sudagar sata bôngsa Tionghwa, kêbak tiyang ingkang sami nawèkakên satanipun. Ningali kawontênanipun, sajakipun para tiyang tani wau sadaya bêtah arta, dados kasêsa sadaya, satanipun kêdah kadadosakên arta. Ingkang têmtu lampah makatên punika kirang prayogi, amargi panyadenipun lajêng têmtu kirang awisipun, nanging bokmanawi pancèn botên kenging dipun paibên, amargi èstunipun têtiyangipun padhusunan ing Têmanggung punika gêsangipun namung saking têtanèn, sanajana makatên, bok inggih sampun enggal-enggal sadaya dipun sade, wontêna ingkang dipun tirahakên kangge kasade sanès dintên.

Saking kathahipun tiyang ingkang sami sade sata, ing kitha Têmanggung sabên dintên kemawon tansah rame sangêt. Ing pundi panggenan ingkang kangge numbasi sata - ing Pacinan mèh sadaya - kathah sangêt tiyang sade jajanan warni-warni, èmpêripun para bôngsa Tionghwa sami kangge andhasarakên sêsadean, wontên ingkang warni têtêdhan, wontên ingkang warni sandhang pangangge. Swaranipun ing panggenan ngriku ugi gumrumung, ngantos kados pêkên. Bedanipun pêkênan kalihan botên, sakêdhik sangêt, srapasatprasasat. sabên dintên pêkênan.

Kajawi ramenipun tiyang sade sata utawi sanès-sanèsipun, kathahing taksi sarta bis inggih anggumunakên, prasasat botên lêt mênit tamtu wontên taksi utawi bis langkung, sami isi tiyang padhusunan sami nyandhang ngangge langkung saking padatan, utawi tiyang padhusunan sami ambêkta kranjang isi sata dipun tumpangakên sanginggiling bis, utawi sawingkingipun taksi. Margi dhusun ingkang suwaunipun awis sangêt dipun ambah ing motor, ing môngsa wau katrajang ing taksi, ngantos dumugi padhusunan ingkang inggil utawi lêbêt.

Ing sarèhning môngsa punika mangsanipun tiyang dhusun sami [sa...]

--- 1501 ---

[...mi] sugih arta, tamtunipun tiyang ingkang sami nawèkakên daganganipun, warni sinjang sarta sanèsipun kathah sangêt, caranipun ugi warni-warni. Ingkang kathah sami ngungêlakên gramopun, supados anggènipun sadean sagêd jênak botên kesah dhatêng sanès panggenan, utawi supados dipun tumbasi dening para tiyang dhusun ingkang sampun sami anggembol arta.

Wontên malih ing môngsa panèn punika ingkang ngudi pados kauntungan, inggih punika para têtiyang ingkang badhe ngêdêgakên mainan putêr jam (senggotan) sapanunggilanipun. Saupami kalilan, tamtu saya miwahimêwahi. kaborosanipun têtiyang tani.

[Grafik]

Godhong sata ingkang dipun pilihi.

Mangke manawi sadaya satanipun tiyang dhusun sampun têlas, lajêng kantun rame mirêngakên swaranipun vrachtauto utawi grobag, ingkang sami ngangkati sata dhatêng sêtatsiun utawi nagari sanès. Saya mindhak dintên, suda ramenipun.

Para maos sagêd anggalih piyambak, kadospundi dayanipun panèn sata ing Têmanggung punika, ingkang prasasat angebahakên sadaya tiyang ingkanging. nagari ngriku, awit saking dhusun ingkang lêbêt-lêbêt dumugi ing salêbêting kitha. Makatên punika sabên taunipun.

Sanajana makatên, sampun sami anggalih manawi tiyang ing padhusunan bawah Têmanggung punika sami cêkap-cêkap. Lêrês gêsangipun botên wontên ingkang nama nalôngsa sangêt, kados ing sanès panggenan ingkang manawi pinuju môngsa pacêklik namung nêdha gaplèk sadintên sapisan. Ananging katimbang kalihan pamêdalipun siti ingkang botên sakêdhik, kenging dipun anèhakên, dene awit tiyang ingkang cêkap, têrang sangêt bilih gêminipun kirang sangêt, utawi sampun kablowok waunipun, dados angèl badhe limrahipun malih.

Ingkang têmtu manawi tiyangipun dhusun sami rêkaos gêsangipun, wontên ugi sanès bôngsa ingkang mulya jalaran saking punika, ingatasipun nagari Têmanggung punika alit, ananging ing ngriku kathah sangêt bôngsa Tionghwa ingkang sami sugih-sugih, ingkang jalaran saking dagangan pamêdalipun têtanèn saking tiyang dhusun, ingkang baku inggih punika sata.

Upaminipun para tiyang dhusun ing Têmanggung ngriku panjalimêtipun dhatêng kagêmèn kadosdene bôngsa Tionghwa, ing Têmanggung têmtu dados panggenanipun tiyang Jawi ingkang sami cêkap-cêkap, botên kêkirangan satunggal punapaa.

A.S.

Benjing malih manawi ngintuni panjurung sampun kasêrat molak-malik. Prêlunipun sagêd ngenggalakên panggarapipun, awit manawi kasêrat molak-malik, nalika anggarap ingkang sasisih, sisihipun botên sagêd kagarap. Tindak makatên punika ngicalakên wanci. Red.

--- 1502 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Kalintuning Pangintên

Sambêtipun Kajawèn nomêr 94.

Petruk : Mara, Kang Garèng, saiki tuturna panyaruwene sarjana pararta ing layang kabar Swaratama, mungguh gêgubahane Radèn Rara Siti Suharti. Sing diunèkake cupêt kuwi sing kêpriye.

Garèng : Sadurunge ngandharake panyaruwene, luwih dhisik sarjana pararta mau anglairake bungahing atine, dene panjênêngane bisa mirêng lan nyipati ajune bôngsa wanita, anggone saiki para wanita wis sumêdya maju bêbarêngan priya, wanita wis ora manggalih ewuh-pakewuh lan ora manggalih rubêding panganggêm, jarene kabèh mau pantês kinêplokan.

[Grafik]

Petruk : Yak, kok kaya aburing dara, kuwi pantês kinêplokan. Nèk mungguhing dara, kok yèn abure kêdhuwurên bangêt, sing duwe ya pancèn sênêng, nanging nèk anakku wadon upamane, majune kok kêdhuwurên, têmtune aku ya dhêg-dhêgan, awit aku kuwatir, yèn ing têmbe arêp tak lakèkake, banjur amangsuli: êmoh, êmoh, êmoh, wong aku wis duwe thentheman dhewe.

Garèng : E, lha, salah wèsêl, Truk, jaman saiki kiyi wis rada kamoran kulonan, karêpe pantês kinêplokan kuwi, arêp anglairake lêga lan sênênge atine. Kaya ta: nèk lagi nonton kêmidhi, sarampunge wong-wong sing nonton padha kêplokan: plok, plok, plok, kuwi anandhakake yèn sing ditongtonake dening kêmidhi mau, bêcik, agawe lêga lan sênênging atine sing padha nonton mau. Cara kaya mangkono kuwi saiki wis ditiru ing bangsaku. Saikine nèk arêp anglairake lêga lan sênênging atine, ora mung kêplok: plok, plok, plok, ngono bae, malah nganggo dibarêngi ambêngok sakayange: hore, hore, horerere... dadi krêsane sarjana pararta ngandikakake: pantês kinêplokan, kuwi mung arêp anglairake suka sukuring panggalihe, dene para wanita wus samono majune. Wis, wis, saiki tak banjurne. Sauwise sarjana mau anglairake bungahing panggalihe kaya ing ngarêp, banjur angandikakake yèn ana emane sathithik,

--- 1503 ---

dene sing akè-akèh ora tinuntun budi padhang, mung nuruti pangrasa, mula ya banjur kêblingêr utawa kêlantur-lantur anggone anggêgêgi panêmune dhewe utawa migunakake sêbab, sing pancèn ora kêna kanggo nyêbabake, eman, dene kêbangêtên anggone ngabotake pangrasa, banjur nyimpang saka kabêcikan, ala diarani bêcik, bêcik diwada ala.

Petruk : Wah, Rèng, pangandikane sarjana kiyi kok ngèlingake aku nyang kandhane Mas Ajêng Ponikêm, lagi anu kae. Kala samono aku manganggo cara Walônda: topi putih, jas ya putih, clana putih, sêpatu ya putih, wah rumasaku aku sausap bae karo tuwan sindêr têbu. Nalikane Mas Ajêng Ponikêm kêtêmu aku iya banjur ngalêm: wadhuh, Mas Petruk, brêgase, canthase, cakrake... wis mêsthi ta kala samono bungahing atiku sajaratan têmenan. Ning pungkasane Mas Ajêng Ponikêm kok muni... nganti kaya kêthèk oglèng. Kala samono lagi ngrêti aku, yèn Mas Ajêng Ponikêm anggone ngumbulake aku mau, sêdyane mung arêp ngêntêbake aku: thêk. Ora, Rèng, sarjana mau kok ngandikakake sing mangkono kuwi, mungguh sing dadi sabab-sababe apa.

Garèng : Lho, kuwi ya sabab saka gêgubahane Radèn Rara Suharti, kang kapacak ana ing Kajawèn ôngka 88. Ing kono Radèn Rara Suharti ngandharake kasêtyane wanita lan priya, nganggo dituladani dêdongengan sawatara, yaiku: anggone Dèwi Sêtyawati lan Siti Sêndari padha nganyut tuwuh, marga padha anglabuhi ingkang raka. Kosok-baline nalika garwane Prabu Anglingdarma nganyut tuwuh, ingkang raka mung mriksani bae. Miturut pangandikane sarjana pararta mau, bab iki ora susah dirêmbug, sabab apa lêlakon kaya mangkono mau tumindak nalika ing jaman biyèn, lan sabanjure. Cêkake miturut pangandikane sarjana mau, anggone bab mau ora prêlu dirêmbug, awit panjênêngane wis yakin, manawa iku mung dêdongengan bae.

Petruk : Kabèh lêlakon sing wis kapungkur, sing kenene ora ngalami dhewe, rak iya kêna-kêna bae ta, ta, nèk arêp diaranana: mung dêdongengan bae. Awit ing sarèhning ora ngalami dhewe, iya ora bisa mêsthèkake bênêr lan lupute. Padhane: upama anake Kamprèt wis gêdhe sarta wis dadi priyayi, banjur ana wong nyritani mangkene: mas bèi, mas bèi, wah, kriyin sêg kêng bah putri ambobot kêng rama, yèn sadintên botên anjambal (anggadho) acar coro, ênggih mung ajêng duka mawon. Lho, Rèng, sanadyan lêlakon kiyi bênêr têmênan, nanging sarèhning anake Kamprèt mau ora mênangi, yèn arêp ngarani mung dêdongengan bae, iya... kenging mawon.

Garèng : Ya, ya, wis ngrêti aku, mungguh karêpmu: sanadyan lêlakon sing aku kowe wajib ngandêl, ing sarèhning ora mênangi dhewe yèn arêp diaranana: mung dêdongengan bae, ya kêna-kêna bae. Wis, wis, bab kiyi aja dibanjurake, mung pasrah mênyang landhêping panggrahitane kang padha mirêngake. Saiki tak banjurne pangandikane

--- 1504 ---

sang sarjana mau, yaiku mangkene: dene saupami kalampaha saèstu (sajatosipun botên) pamawas kita sampun cêtha sangêt: suduk salira punika botên kenging babar pisan, botên wontên kapêrluwan, botên wontên panggenan,... ènsoporut, têgêse dudu bangsane jêruk purut, nanging mêngkono sabanjure. Cêkake krêsane sang sarjana mau arêp ngandikakake, yèn anyut tuwuh kuwi ala bangêt, ora dadi kêparênging Ingkang Maha Agung, lan sapiturute.

Petruk : Wah, Rèng, iki pamawas salah wèsêl, Rèng. Sabên wong, sabên bôngsa, sabên agama, têmtu ngarani yèn nganyut tuwuh kuwi ora bêcik, ora dadi kaparênge Ingkang Kuwasa, sanadyan nagara dhewe iya anglaranging.anglarangi. Ananging sing digawe tuladan mau dudu anggone nganyut tuwuh, nanging anggone sêtya mênyang sing dingèngèri, yaiku lakine, nganti tega mênyang patine. Kanggo timbangane sing diarani dêdongengan mau, saiki tak wènèhi conto kasêtyan liyane, kang saèmpêr karo dêdongengan mau, yaiku jamane Sang Prabu Nero jumênêng nata ana ing Ngêrum. Kala samono durung pati akèh wong Kristên, lan sang nata piyambak ya dudu Kristên. Ing sarèhning sang nata ora kêdugi bangêt marang agama mau, andhawuhake marang wong Kristên supaya padha ninggal agamane. Sanadyan wong Kristên sing ora miturut arêp padha diukum pati, saking sêtyane nyang agamane mau, padha ambangkang, diplaur mati disêmbêlih lan disiksa katimbang nyidrani apa sing wis disêtyakake mau. Lho, anèhe ing kene, Rèng, sêtyane wong-wong Kristêm mau, sing matine prasasat padha ngayut tuwuh (awit sadurung-durunge rak wis padha ngrêti yèn ora miturut bakal dipatèni, dadi matine mau prasasat disêngaja) têka ora diarani ala, malah dialêmbana, digolongake wong suci. Wis, wis, rêmbug kiyi padha dicugagdijugag. samene bae.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat Kabar Sanès

Kawartosakên, bilih sêrat kabar Phajar Asiah botên kawêdalakên malih, jalaran saking gêsanging sêrat kabar wau kirang sae. Ewadene ing bab punika ugi taksih dipun ihtiyari murih sagêdipun mêdal malih, nanging dèrèng tamtu lêstantun dados sêrat kabar padintênan, kintên-kintên dados kabar minggon.

Kawartosakên Tuwan H.A. Salim sampun wangsul saking Eropah, kintên-kintên tanggal 7 Dhesèmbêr ngajêng punika dumugi ing Tanjungpriuk, dhatêngipun Tuwan H.A. Salim wau tamtu ambêkta angsal-angsal ingkang migunani dhatêng kamajêngan.

Ing taun punika kantor pados tiyang Adek sampun anglêbêtakên tiyang 50.000 dados kuli kontrak, ingkang malêbêt dhatêng Dhèli kemawon 40.000. Kajawi punika benjing tanggal 1 Januari ngajêng punika Adek tuwin Zusuma badhe ngêdêgagên panggenan wontên ing Sêmarang.

Kawartosakên O.L. Mij. Boemipoetra ing Ngayogya mêntas parêpatan, nêtêpakên badhe mêndhêt andhil bang kabangsan ing Surabaya f 50.000.-. tuwin gadhah panêdha supados dhirèkturipun kadadosakên komisaris.

--- 1505 ---

Sampun sawatawis minggu, ing Sêmarang saurutipun mangilèn dumugi jajahan apdhèling Kêndhal, wontên angin sakalangkung agêng sêsarêngan jawah. Griya-griya ing padhusunan kathah ingkang sami ambruk, kêkajêngan agêng sami sol (rungkat). Dalasan halte S.C.S. ing Jrakah ugi ambruk. Saha wontên tiyang satunggal ingkang nglêrêsi kèndêl ngaub ing ngriku katindhihan, tujunipun botên pêjah, namung sukunipun ingkang têngên putung, wusana têrus kabêkta dhatêng C.B.Z. ing Sêmarang. Têtiyang sanèsipun sami wilujêng. (Sk.) (gambar botên sagêd kapacak, kirang cêtha. Red.).

Wontên sawênèhipun lare èstri murid pamulangan netral ing Surakarta, kacilakan tugêl tanganipun, jalaran saking anggènipun dolanan. Pangagênging pamulangan lajêng nindakakên pitulungan, lare kabêkta dhatêng Ziekenzorg. Saking pamrayoginipun dhoktêr K. dhatêng dhoktêr Ch. dhoktêr ing Ziekenzorg, supados nindakakên papriksan ngangge Rongent, nanging dhoktêr Ch. botên mituruti, lan botên purun sêsarêngan nyambut damêl kalihan dhoktêr K dene sababipun saking pasulayan. Wusana lare ingkang kasangsaran botên dipun upakara salerêsipun. Tiyang sêpuhipun lare lajêng nyêrêg dhatêng pangagênging griya sakit. Salajêngipun wontên pawartos, bab punika dados papriksan saking pakaryan kasarasan. Kintên-kintên satêlasing kontrak, benjing wulan Pèbruari, dhoktêr Ch. botên nyambut damêl wontên ing Ziekenzorg malih.

Kawartosakên, dhepartêmèn pangajaran ngaturakên usul dhatêng parentah, supados ngewahi pranatan wangsuling arta langkungan bayaran sêkolah. Wangsuling langkungan bayaran wau namung tumindak anak-anaking tiyang satunggal, ingkang sampun sêkolah 6 wulan. Lajênging ewah-ewahan wau, lare nomêr kalih, tiga salajêngipun, supados kakengingakên bayaran punapa lêrêsipun, dados tiyang sêpuhipun botên kaladuk pambayaripun. Pranatan enggal punika namung badhe tumindak tumrap lare-lare sawarga ingkang sami sakolah tunggil panggenan, prêlunipun anggampilakên tumindaking paniti priksa.

Burgêrmistêr ing Surabaya gadhah pamrayogi dhatêng sawarnining rad ing Indhonesiah, supados anyondhongi dhatêng karampunganing gêmintê rad ing Surabaya, nyuwun dhatêng parentah supados mranata pènsiunipun amtênar-amtênaripun kados amtênar sipil nagari.

Pambantu Kajawèn ing Karanganyar kintun pawartos, ing Karanganyar wontên tiyang èstri manak jalaran saking lampah ngiwa, bayi lajêng dipun pêndhêm, wusana sanès dintên kaadhul-adhul ing kewan, kasumêrêpan ing pulisi, dados prakawis. (M.S.).

Lulus angsal sêsêbutan Ind. Arts. Tuwan Gularsa Astra Adikusuma, asli saking Pathi. Radèn Admiral, saking Malang Bong.

Tuwan Abdul Kadir Wijaya Atmaja, asistèn wadana pulisi Sêmarang, katêtêpakên dados sèkrêtaris kongsul Walandi ing Jedah.

Kawartosakên Tuwan Volmering, Residhèn Lampung, wiwit benjing tanggal 5 Pèbruari 1930 badhe nyuwun pènsiun, awit anggènipun ngasta pakaryan praja sampun dangu.

Dados patih ing Bôndawasa, Radèn Sasrakusuma, tuwin dados patih ing Pasuruan, Radèn Mas Arya Muhamad Saeudin.

Pambantu Kajawèn ing Magêlang kentun pawartos, ing dhusun Jumaya Salam, wontên tiyang nama Imam Aji, gadhah wit rambutan nêdhêng awoh, ing ngriku tuwuh kaelokanipun, lerêsing uwit wau sampun gangsal wêlas dalu tansah jawah riwis-riwis, nanging manawi siang botên, lan kiwa têngênipun uwit ugi botên jawah, toya sangandhaping wit ngantos ilèn-ilèn. Kathah tiyang sami nyatakakên, dèrèng pinanggih sababipun. (S).

Sarèhning ing Surabaya kêkirangan toya 800 km.3, bêstiring watêr lèdhêng mranata dhatêng para ingkang ngangge toya, kêdah namung miturut kados ingkang dipun tamtokakên.

Usuling bab nyingkirakên Mistêr Kusuma Sumantri, ingkang dipun dakwa badhe damêl uru-ara wontên ing Sumatra, taksih dipun timbang dening pokrul jendral, dumugi sapunika Mistêr Sumantri taksih wontên ing tahanan. Papriksan ing bab badhe dhawahing paukuman dèrèng nyêkapi, nanging ing bab anggènipun badhe dipun singkirakên sampun cêkap. Ing bab sêsambêtanipun kalihan P.N.I. dèrèng kasumêrêpan.

Kados ingkang sampun, ing sabên taun parentah ngangkatakên bupati saking tanah Jawi satunggal dhatêng nagari Walandi, prêlu ngindhakakên sesêrêpan. Taun kêpêngkêr ingkang tindak ingkang Bupati Serang, sampun wangsul, tuwin ingkang Bupati Kuningan, sapunika taksih wontên ing Eropah. Dene ing taun punika kawartosakên ingkang badhe tampi dhawuh ingkang Bupati Lêbak, nanging taksih dados panggalihanipun parentah, awit tumrap bupati Jawi Têngah utawi Wetan dèrèng kasrambahan.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 893 ing Bumiayu. Pangintunipun arta f 2.- kala ping: 10/7-'29 kangge kdj. 2e kw. f 0.50 lan 3e kw. f 1.50. Dene ingkang kakintun ping 2/11-'29 f 2.70, kangge 4e kw. f 1.50 lan buku: 773 f 1.20.

Lêngganan nomêr 4549 ing Rambung (Rampah). Yatra f 1.50 punika tumrap wulan: Nopèmbêr dumugi Januari 1930. Polêk almênak rêginipun f 0.64: Jawi, Mlayu utawi Sundha sami kemawon.

--- 1506 ---

Wêwaosan

Sirwenda lan Danurwenda

Anggitanipun Muhamat Dohiri

11

[Asmaradana]

apa ta saungkur mami / ing praja ana rubeda / utawa pakewuh gêdhe / kalamun tuhu mangkana / Sirwenda Danurwenda / apa tan pinatah nusul / iya dening Juru Taman //

yèn sumêlang isih cilik / apa iya Juru Taman / ora bisa nusul dhewe / dene wus wêruh dunungnya / apa ta tan kèlingan / de wanti-wanti wêkasku / têka padha andaleya //

nêngna kang karasèng galih / cinêndhak kondur mring pura / wus madya ratri wayahe / anjujug Ki Juru Taman / dhinodhog wismanira / sang dipati dahat ngungun / de Juru Taman tan ana //

sangsaya kraos ing galih / paran baya wadinira / dene Juru Taman anglès / anulya mubêng jro pura / midêr tinitipriksa / dupi prapta unggyanipun / Ni Suli garwa ampeyan //

kampita sajroning galih / têka maksih kêncar-kêncar / tur ana swara liyan wong / saksana gya pinarpêkan / kêpengin yun uninga / sapa ing jro panti iku / dene tanpa subasita //

kawarnaa kang nèng panti / ingkang lagya sih-sinihan / Juru Taman lawan Nikèn / Rara Suli tan rêringa / nutug sakarsanira / tan pêgat rungrum-rinungrum / wuwusên sang adipatya //

bramantyanira tan sipi / jaja bang mawinga-winga / andik ngatirah netrane / upama sinabêt mêrang / ing jaja têmah mubal / saksana dhinupak asru / korining wisma anggêbyag //

nulya manjing jroning panti / sora dènira manabda / babo Juru Taman kowe / doranta kaliwat-liwat / lêlêthêk gêlahing rat / tan pantês patraping manus / mungkur mring patrap manusa //

7. Pêjahipun Juru Taman, Rara Suli dalah anakipun kalih pisan

Pangkur

apanta nisthaning nistha / nora pantês mawor samèng dumadi / cêcêdhis durcara muput / ina kaliwat-liwat / anarathak narêthêk lir wêdhus prucul / ambêsur tan darbe wirang / mulat gêbyaring hyang rawi //

baya sira tan rumasa / anèng kene sira sun gawe bêcik / jinuju pangan amunjung / kinurmat pinisuka / parandene bagus têmên wêwalêsmu / hèh babo Sêkèbêr sira / baya sira bosên urip //

nulya anarik curiga / linarihan Sêkèbêr jaja kêni / cumêprot muncrat rahipun / jaja manrus walikat / tanpa sambat Sêkèbêr sakala lampus / gilang-gilang munggwing kisma / kuwandane gubras gêtih //

Rara Suli duk umiyat / kuwandane Sêkèbêr kang wus lalis / prêpêt tyasira sumaput / ketang trêsna ing priya / anungkêmi ing Sêkèbêr layonipun / wus sasat sawang kunarpa / Pragola bêndu tan sipi //

i lah lanat Suli sira / pagenea têka alaku nisthip / tindakira nora patut / sèdhèng amaro tingal / nandhing milih tan darbe antêp sakuku / apa ta nora rumasa / sun bêbungah sira anjing //

têka tinggal kaantêpan / ayunira mung pulas ayu jawi / dudu ayu kang satuhu / yèn ta kêmbanga bangah / nadyan asri angrêsêpake pandulu / nanging gandanira bangah / balerah abadhêg bacin //

apa ta kang sira ajap / dene sira ing kene sun pêpêtri / mandon anèng jro kêdhatun / ingadhêp para inya / nora kurang kabèh-kabèh sarwa cukup / apa ingkang sira sêdya / kanjar kirab sun sampêti //

baya iku walêsira / tindakira kang jêmbêr lêlêthêk jis / lagya sun tinggal sadalu / myat priya lyan taruna / anarêthêk kaya wêdhus ngambus-ambus / babo-babo Suli mara / rasakna ukumirèki //

akrodha Radyan Pragola / Rara Suli linarihan tumuli / tan sambat tumêkèng lampus / jajar lan Juru Taman / kawarnaa jro pura rame kalangkung / gumêrah amawurahan / swaring tangis pating jlêrit //

Sirwenda lan Danurwenda / dupi umyat tandangnya sang dipati / kadi banthèng soroh amuk / mlayu asalang-tunjang / tinututan sarwi ngliga dhuwungipun / sora dènira manabda / lah mandhêga sira bêlis //

jêr sira anak planyahan / pantês bae lamun tumêkèng pati / wit ngubyungi laku rusuh / patrap jêmbêr jis nistha / dene sira nora age-age matur / baya ta sira anjarag / arsa ngrêrusuhi puri //

biyungira sira dagang / babo-babo lêlêthêk sira anjing / nulya binuru agupuh / wuwusên kalihira / kadya kilat anggêblas dènnya lumayu / sumêdya angungsi gêsang / pêtênge kêpati-pati //

palayune salang-tunjang / numbuk-numbuk kêjêglong myang kajungkir / saking dahat bingungipun / nangis asambat-sambat / jroning pura busêkan pating bilulung / swaraning tangis gumêrah / prasamya pating jalêrit //

kocapa Radyan Pragola / dènira nglud mring playunira kalih / dupi wus parêk tinubruk / trangginas Danurwenda / jibêg ing tyas tambuh-tambuh solahipun / pagêr bataning jro pura / linumpatan tan pinikir //

blêbêr praptèng jawi pura / tibanira tan mapan têmah jungkir / baya karsane Hyang Agung / kinarya lêlantaran / Danurwenda tumêka ing takanipun / dupi Rahadyan Pragola / myat Danurwenda ngêmasi //

anulya wau tinilar / anututi kakangne kang lumaris / langkung rikat playunipun / wus mêdal jawi pura / mèh kêcandhak Sirwenda lumumpat mamprung / kali kang nèng ngarsanira / kêjêglong têmah ngêmasi // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 96, 27Jumadilakir Taun Ehe 1860, 30 Nophèmbêr 1929, Taun IV

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1507] ---

Ôngka 96, 27Jumadilakir taun Ehe 1860, 30 Nophèmbêr 1929, Taun IV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Palabuhan B.P.M. ing Plaju

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar palabuhan B.P.M. ing Plaju, manggènipun wontên sapinggiripun lèpèn Musi. Dipun gambar saking gêgana. Ingkang katingal pêthak-pêthak pating palênthu, punika tang wadhah lisah pèt. Gambar punika asli saking pakaryan anggêgana militèr, saha sampun maringi palilah.

--- 1508 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja, Ind. Arts ing Kudus

(Candhakipun Kajawèn ôngka 95)

Korèng pathèk punika botên sagêd enggal saras piyambak, manawi saras ing salêbêtipun 3 wulan punika bêlangipun awon katingal pating jêngkêrut.

Bêgja sangêt dene sapunika sampun wontên jampinipun ingkang mustajap inggih punika neo salvarsan ingkang manggihakên Prof. Dr. Ehrlich (Duitsch) sasampunipun kasuntikakên ingkang sakit pathèk, salêbêtipun sawatawis dintên (3-5) sampun sagêd gogrog saras.

[Grafik]

Tiyang sêpuh pathèkên, enggaling sarasipun prasasat dipun sulap.

Kula sampun nate anjampèni prawan umur 17 taun, putra priyantun ingkang sampun gadhah pacangan, prawan wau rainipun kêbak korèng pathèk. Tiyang sêpuhipun utawi ingkang sakit wau inggih susah sangêt, awit badhe laki rainipun makatên. Manawi calon bojonipun sumêrêp pacanganipun risak rainipun makatên, sagêd ugi sande ngrabi. Mila tiyang sêpuhipun nêdha tulung kula, supados anakipun ingkang badhe laki kula jampèni, awit kuwatos manawi katampik calon bojonipun.

Ingkang sakit wau sampun kula suntik neo salvarsan kaping tiga lan kasuntik kwik kaping gangsal, ing salêbêtipun gangsal minggu sampun kalimis, manawi dipun pupuri sampun botên katawis, samangke sampun tigang taun, rainipun botên katawis manawi rumiyin pathèkên.

Katrangan ing nginggil punika minôngka kangge tuladha bilih jampi neo salvarsan punika mustajab sangêt kangge jampi pathèk, manawi sampun saras, bêlangipun rêsik, klimis kemawon, beda kalihan pathèk ingkang botên dipun jampèni neo salvarsan, punika bêlangipun awon kulitipun katingal pating jêngkerut.

Nagari sampun damêl pranatan ing pundi-pundi kitha, dhistrik, ondêr dhistrik, ngawontênakên polikliniek lan ing griya-griya sakit, tiyang-tiyang ingkang sakit pathèkên kajampenan suntikan neo salvarsan.

Ananging rèhning Indhia Nèdêrlan punika jajahanipun wiyar sangêt, lan jiwanipun yutan, môngka cacahipun dhoktêr taksih dèrèng nyêkapi, mila dèrèng nyêkapi saèstu kangge nulak sêsakit pathèk wau.

--- 1509 ---

Raos Jawi

Wêwalêripun Tiyang Sêpuh

Sampun kêtêlah dumugi jaman sapunika, wêwalêripun tiyang sêpuh punika taksih tumindak dipun lampahi ing para neneman, nanging sadaya wêwalêr ingkang dipun samar wontên ing pasêmon, anggènipun anglampahi sampun botên tilar nalar. Dados wêwalêr ingkang dipun manah botên mantuk ing nalar, inggih awrat anglampahi, awit mênggahing jamanipun para mudha, samukawis ingkang nyêbal saking nalar, nama botên prayogi manawi lajêng dipun lampahi kemawon. Nanging kosokwangsulipun wêwalêring tiyang sêpuh ingkang rumaosipun sampun botên dipun angge, punika kêrêp dipun tindakakên, lan pikantukipun inggih damêl wilujêng sayêktos.

Lan malih mênggahing para sêpuh, limrahipun wêwalêr wau mawi dipun dèkèki têtuladan, prêlunipun kangge tôndha saksi, yèn wontên tiyang narajang wêwalêr kados makatên wau pinanggihipun botên prayogi, kados ingkang pinanggih wontên ing pasaksèn wau.

Kados ta bab tiyang sêpuh ngawisi: aja maca layang kalane nuju mangan. Wêwalêr makatên punika limrahipun botên kaprasajakakên mênggah kajêngipun, namung kacêkak atêgês botên sae. Dene ingkang kangge pêpindhan mirid lêlampahanipun Arya Panangsang kala ing jaman Dêmak, inggih punika nalika nuju dhahar tampi sêrat panantang saking mêngsah, anggènipun dhahar kèndêl maos sêrat, sakala lajêng sangêt ing dukanipun, sanalika ngriku brabat lajêng ngêdali dhatêng paprangan, wêkasan sang arya nêmahi tiwas.

Manawi mirid nalar saking lêlampahanipun Arya Panangsang wau, têtela manawi sang arya satunggiling tiyang brangasan, paribasan botên kenging mambêt tantang, sampun tamtu kemawon tiyang ambêg brangasan punika ical wêwekanipun, adhakan manggih pituna ing wingking, awit sadaya tindakipun namung sarwa kirang titi, namung pawitan bôndha purun, têmahanipun inggih kados makatên punika. Dados têtuladan ingkang ngangge pêpindhan Arya Panangsang punika inggih sampun mantuk sangêt manawi dipun encokakên dhatêng tiyang ingkang ambêg brangasan, limrahipun ing sapunika dipun wastani tiyang kapala angin.

Nanging mênggah wêwalêr wau, kados botên namung gadhah kajêng ingkang ngangge pêpindhan kados makatên, sanadyan tumrapipun tiyang ingkang botên ambêg brangasan, inggih botên prayogi manawi nuju nêdha dipun sêlani maos sêrat, gampilanipun inggih botên prayogi kasêlan ing bab punapa kemawon. Sapisan, tiyang nêdha punika samôngsa kasêlan mêmikir ing bab sanès, panêdhanipun lajêng botên eca, kaping kalihipun, tiyang nêdha manawi kêsêlan maos sêrat, manawi suraosipun sae, sêngsêming manahipun lajêng ngicalakên ecaning raos anggènipun nêdha, dene manawi sêrat wau botên sae suraosipun, upami pawartos bab kasusahan, punika

--- 1510 ---

ing sanalika ngriku saya lajêng botên prayogi, awit lajêng ngraosakên susah, sampun tamtu kemawon badhe kandhêg panêdhanipun, cêkakipun têtela botên sae. Manawi mirid pinanggihing awonipun ingkang kados makatên punika, dados têtela bab wêwalêripun tiyang sêpuh ngawisi tiyang maos salêbêtipun nêdha, punika mêngku kajêng prayogi sangêt.

Lan malih wêwalêr ingkang kados makatên wau ugi atêgês mêngku kajêng dhatêng kasarasan, upaminipun kemawon manawi panêdhanipun kêsasar, inggih dados botên prayogi, môngka adhakanipun tiyang nêdha kêsasar punika manawi salêbêtipun nêdha nyarêngi anggagas punapa-punapa.

Lajêngipun malih ing bab nêdha ingkang lèrègipun dhatêng kasarasan, punika tiyang sêpuh ugi damêl wêwalêr: manawi nêdha sampun rikat-rikat, mindhak dipun rencangi setan. Bab makatên punika kajawi lèrèg dhatêng bab kasarasan, ugi lèrèg dhatêng kasusilan, awit tiyang nêdha sarwa sarèh punika kajawi lêmbat samukawis ingkang dipun têdha, caranipun Jawi dipun wastani mriyayi. Kados para maos sagêd anggalih piyambak mênggahing awonipun tiyang kêsêrêtên manawi nuju nêdha wontên ing pasamuan.

Wêwalêr ingkang kados makatên wau, manawi kulina dipun tindakakên, dadosipun ing têmbe inggih prayogi, mila tumrapipun bôngsa Jawi kaladuk ing ginêm, manawi nêdha ngantos jam-jaman.

Gosat-gosoting wêwalêr wau lajêng sagêd amor kalihan tatacara sanès, dadosipun inggih sagêd mantuk kemawon, namung kantun ngewahi sakêdhik-sakêdhik.

Dados kajêngipun karangan punika namung ngêtingalakên bab wêwalêring tiyang sêpuh ingkang lèrègipun manjing kasusilan Jawi, manawi sagêd nindakakên, badhe botên wontên awonipun, dene encokipun dhatêng ing raos, mênggahing para sêpuh namung anggêgulang, murih anak putu punika landhêp panggraitanipun, mila punapa kemawon ingkang mêngku kajêng lajêng dipun gambarakên wontên ing pasêmon, salajêngipun kêtêlah dipun wastani: wong Jawa goning sêmu.

Jagading Wanita

Raos Pamanahaning Èstri

Sambêtipun Kajawèn nomêr 95.

Punapa malih manawi prasêtyanipun wau namung lêlamisan kemawon, inggih punika namung kangge ngecani pamanahaning èstri, punika saya tangèh sangêt bilih sagêda têtêp, jêr namung wontên lair keman,kemawon,. amargi sampun dados padatanipun para priya ingkang kathah-kathah pancèn makatên, sampun kêlimrah. Dadosipun ugi sampun botên anggumunakên bilih priya asring cidra ing ubaya, sarta botên têtêp saginêmipun. Tuwin malih sanadyan namung ginêm padatan kemawon ingkang kathah-kathah ugi sampun botên sagêd têtêp. Kados ta saupami jagong dalu, sanjang bilih jam kalih badhe

--- 1511 ---

mantuk, wusana malah ngantos jam gangsal enjing dèrèng mantuk, punika dados sampun ambalenjani ginêmipun piyambak tigang jam. Ananging ingkang makatên wau inggih sampun dados padatan sarta ugi kêlimrah, dadosipun inggih namung priya limrah kemawon.§ Titising pangandikanipun anggèr Siti Rusiyah punika kasumanggakakên dhatêng para priya limrah. Ananging bilih wontên priya ingkang ngênggèni sabda pandhita ratu, inggih punika ingkang sêjatosing priya ingkang sakalangkung utami.

Mênggah Prabu Anglingdarma punika saking pamanggih kula ugi lêrês kemawon anggènipun botên nêtêpi prasêtyanipun, jêr sedanipun ingkang garwa punika lantaran saking pabên punapa, inggih punika prakawis aji Suleman. Bokmanawi punika ingkang andadosakên rênggangipun Prabu Anglingdarma, saha botên nêtêpi prasêtyanipun wau. Tuwin malih bokmanawi namung lêlamisan, pramila sarêng ingkang garwa nyêmplung latu inggih namung dipun sawang kemawon.

Dene mênggah Dèwi Banowati punika punapa inggih sampun kenging dipun wastani awon. Amargi sanadyan botên sêtya dhatêng Prabu Ngastina, ananging rak inggih taksih anggadhahi kasêtyan ugi, inggih punika dhatêng Radèn Janaka, awit sampun sakawit mila ingkang dados èsthining manah namung Radèn Janaka, dene anggènipun purun anglampahi krama angsal Prabu Ngastina, punika amung saking nuruti dhawuhipun para sêpuh, pramila trêsnanipun dhatêng Prabu Ngastina inggih namung wontên lair kemawon, botên têrus ing batos. Makatên malih ugi sampun prasêtya bilih sabibaring pêrang Bratayuda badhe dados garwanipun Radèn Janaka. Pramila sarêng sabibaring pêrang inggih lajêng dipun têtêpi saèstu, ingkang makatên punika punapa

--- 1512 ---

botên dipun wastani mantêp saha sêtyatuhu ing wacana. Punapa malih nalika Dèwi Banowati badhe dhaup kalihan Prabu Ngastina, gadhah bêbana (patiba sampir) liman pêthak ingkang sagêd tata jalma, wusana Prabu Duryudana lajêng mundhut tulung dhatêng Radèn Janaka supados dipun padosakên, inggih sagêd angsal malah putri ingkang kagungan liman pêthak wau inggih tumut. Ing sêrat pakêm sarta ringgit padhalangan, putri srati wau nama Rêtna Kasimpar. Sarêng Dèwi Banowati uninga bilih ingkang sagêd angsal liman pêthak wau sajatosipun Radèn Janaka, saya prasêtya sangêt salêbêting panggalih, malah ugi sampun kêlair dhatêng Radèn Janaka bilih kêbatosan têtêp dados garwanipun satriya Madukara. Amargi ingkang sagêd minangkani punapa sapanêdhanipun wau, amung ing lair kemawon dados garwanipun natèng Ngastina, dados manawi ngatên tumrap Radèn Janaka, Dèwi Banowati punika sêtya sangêt, dadosipun inggih dèrèng kenging bilih dipun wastanana awon.

Wasana sadaya atur kula punika bilih wontên lêpatipun mugi sami angêgungna pangaksama. Saha sêdhèrèk Siti Suharti sampun kirang pangapuntên.

Kula lare Surakarta. Siti Rusiyah.

Kawruh Sawatawis

Kawontênan ing Môngsa Kanêm

Dhawahing jawah môngsa kanêm, sanadyan dèrèng ngarêcèh, kalêmpakaning toya sampun wiwit kenging kangge ulah têtanèn. Para tiyang tani sampun wiwit maluku sabin, pating kêcopak wontên ing toya, ing sêmu katingal ayêm, ngrumaosi bilih ing sapunika sampun wiwit ngancik môngsa rêndhêng. Sanadyan taksih wontên bêthatan, nanging botên kuwatos badhe kêkirangan toya, awit dewaning jawah tansah kêklêmpak mêndhung badhe dipun wutahakên ing bumi. Kawontênan ingkang kados makatên punika têtêp nama wanci tuwuhing kasênênganipun para among tani, lan wajib pinuji lulusa ing kasênênganipun, awit lulusing kasênênganipun tiyang tani, wohipun badhe murakabi dhatêng ngakathah, inggih punika sadaya badhe sami tumut ngraosakên kaskayanipun ingkang warni têdha.

Kêkajêngan-kêkajêngan ingkang sampun dangu gêsang wontên ing môngsa katiga, katingal ngarang kados pindhanipun tiyang sakit, pinanggihipun wontên ing sawangan katingal botên damêl rêsêping pandulu, tumusipun dhatêng tiyang ugi mahanani kirang sakeca. Nanging sarêng dhawahing môngsa labuh kapat, wit-witan ingkang sampun ngarang mèh pêjah, kados kasiram ing toya gêsang, lajêng wiwit sêmi tuwuh godhong enggal malah karaos kados tumitah wontên ing jaman kaneman malih. Cêthaning pasêmon ingkang kados makatên wau pinanggih wontên ing wit asêm, kalanipun ing môngsa labuh, kapat lajêng katingal ijêming [i...]

--- 1513 ---

[...jêming] godhongipun, kados ungak-ungak saking padhusunan. Ngalelaning wujudipun sagêd anuwuhakên ucaping tiyang ingkang botên sumêrêp ing môngsa, mungêl: o, wis môngsa kapat.

Nyandhakipun ing môngsa gangsal, wit-witan sampun mèh waradin katingal ijêm angrêmbuyung, malah kasarêngan sêkar tuwin sampun pêntil. Tumraping para tiyang ingkang sami gadhah pakarangan, ngêjibakên badhe ngundhuh nipkahing wit-witanipun taun, bakul-bakul woh-wohan sampun sami andhèdhèki badhe nêbas wohipun.

[Grafik]

Panglocitanipun tiyang nêdha durèn: ora anèh yèn jênênga madu lèrèn.

Sarêng awaling môngsa kanêm, talêbik-talêbik sampun wiwit wontên wowohan ingkang kasade, nanging ingkang kathah namung saking kabujêng sêlak bêtah, mila sanadyan sampun kathah wowohan, raosipun botên eca, kêcutipun adhakan damêl mulêsing wêtêng. Nanging sarêng sampun nêngah-nêngahi môngsa kanêm, sampun wontên wowohan sêpuh, rambutan katingal abrit ambranang, pêlêm bawuk-bawuk, durèn têmpak êrinipun, manawi kenging angin dhawah gêdêbug, kados nyabawa: gilo wis tuwa. Wanci ingkang kados makatên wau adamêl asri tuwin ramening pêkên, saênggèn-ênggèn katingal wowohan gumêlar amenginakên. Makatên ugi pun jongkol pête, botên purun kantun sami anyarêngi wêdaling wowohan sanès-sanèsipun, mripatipun pating pêndêlo kados sasmita-sasmitanan badhe kados pundi kadadosanipun, awit angrumaosi, sanadyan dipun pilala ing tiyang, ing têmbenipun [têmbenipu...]

--- 1514 ---

[...n] botên sande dipun garunêngi ing tôngga têpalihipun tiyang ingkang milala.

Tumrapipun tiyang cêpêng damêl, môngsa jawah punika tansah damêl grênêng, manawi jawah enjing dipun wada mêmalangi tiyang badhe blêbêt dhatêng padamêlan. Manawi jawah siyang dipun wastani nyiksa tiyang luwe, awit wancinipun mantuk kêpalangan jawah. Manawi nêngah-nêngahi nyambut damêl mêndhungipun pêtêng, sambat: apa bisa nyambut gawe ana pêtêngan ngene, ewadene manawi dipun sukani dilah mêksa mungêl: niyat nyambutgawe bêngi ane. Nanging sakecanipun wontên, inggih punika manawi malêbêtipun kêsiyangên, sagêd cariyos dhatêng pangagêng, jalaran jawah, saya manawi mantuk saking padamêlan mawi mompar-mampir, sadumugining griya, taksih wontên ing nglatar, dèrèng ngantos dipun pitakèni ingkang èstri sababipun kasèp anggènipun mantuk, sampun mungêl rumiyin: udan. Dene ingkang têtela nuwuhakên sêsambat, bab wontênipun bêthatan jawah, têtiyang sami ngaruara dening sangêt bêntèripun, rumaos kados dipun godhog sabên dintên.

Nanging sarèhning ing donya punika namung isi kawontênan ingkang damêl prayogining isinipun, sadaya inggih namung badhe pinanggih sae, mila kawontênanipun môngsa kanêm, katingal anyasmitani badhe damêl wilujênging bumi saisinipun.

Cariyos Kina

Cariyosipun Dhusun Sirapan utawi Pasirapan, Salêbêtipun Ondêr Dhistrik Sumbang, Dhistrik Sukaraja, Kabupatèn Banyumas, Sababipun Botên Kenging Kalêbêtan Priyantun

Kacariyos, kala jamanipun Prabu Brawijaya, nata ing Majapait, sang prabu kagungan putra asma Radèn Patah, malêbêt agami Islam. Andhèrèk piwulangipun Kangjêng Sunan Ampèl, ing Surabaya.

Radèn Patah matur dhatêng Kangjêng Sunan Ampèl manawi botên sênêng kabawahakên ingkang rama ingkang taksih ngrasuk agami Buda.

Kangjêng Sunan Ngampèl ngandika: Thole, kowe aja pisan duwe pikiran mangkono, sabab ramamu ora ganggu gawe marang agama Islam. Lan manèh prakara agama iku jênêng piyandêle wong dhewe-dhewe, mung Allah kang uninga bênêr lan lupute, dadi wong ora kêna ngluputake marang agamane wong liya, dene yèn kowe ora sênêng marang rama, bêcik kowe mlanaa ing êndi kang kosênêngi.

Radèn Patah lajêng mlana mangilèn kalihan ingkang paman ingkang nama Radèn Gôndakusuma. Sarêng dumugi sukuning rêdi Slamêt, Radèn Patah rumaos sênêng. Radèn Gôndakusuma lajêng yasa pondhok kangge tapa. Panggenan wau ing sapunika dados [dado...]

--- 1515 ---

[...s] padhukuhan nama Dhukuh Gôndatapa, atêgês Gôndakusuma têtapa.

Kacariyos Radèn Patah dados rencangipun tiyang tani ingkang tanêm pantun gaga, nama Kyai Batasari, nanging botên ngakên aslinipun utawi asmanipun ingkang lugu, namung ngakên lare blayangan ingkang alit mila botên sumêrêp dhatêng bapa biyungipun. Sabên dintên nulung padamêlan ing pagagan, nanging sabên sontên botên purun tumut wangsul kalayan Kyai Batasari, sanadyan kaajak inggih mêksa botên purun.

Satunggaling dintên, Kyai Batasari badhe nyumêrêpi punapa ingkang dipun lampahi Radèn Patah, lajêng pamit api-api badhe wangsul, nanging lajêng nyalingkêr prêlu nginjên lêlampahanipun Radèn Patah.

Radèn Patah ngintên manawi Kyai Batasari sampun wangsul saèstu, lajêng numpuki kajêng garing lajêng kabêsmi ngantos murub angalad-alad. Radèn Patah lajêng malêbêt salêbêting latu murub wau sarwi ngosoki sariranipun kados siram ing toya.

Kyai Batasari sarêng sumêrap lêlampahan punika, lajêng ngajèni sangêt dhatêng Radèn Patah, cariyos dhatêng semahipun sadaya ingkang sampun kasumêrêpan sarta ngintên manawi Radèn Patah sanès lare sambarangan. Sarêng Radèn Patah wangsul, lajêng dipun aji-aji sarta kaaturan pasareyan sarta dhahar ingkang prayogi.

Botên antawis lami Radèn Patah pindhah dhatêng dhusun Legok ingkang têbihipun kirang langkung 2 pal saking panggenanipun Kyai Batasari. Wontên ing Legok manggèn ing griyanipun tiyang nami Kyai Endrajaya, sarta lajêng dipun pundhi-pundhi dening tiyang kathah.

Lami-lami Radèn Patah rumaos kagungan panguwaos, lajêng karsa ayasa nagari, lan badhe saya dalêm agêng tuwin masjid. Sampun ngêmpalakên kajêng kathah, ingkang kapilih badhe kangge dalêm, satunggaling wana. Panggenan ingkang sampun kangge ngêmpalakên balabak badhe kangge sirap, lajêng kanamakakên Pasirapan.

Kacariyos karsanipun Radèn Patah punika dèrèng ngantos kalampahan, kasaru dhatêngipun gandhèk saking Majapait animbali Radèn Patah. Radèn Patah sangêt sêkêl ing panggalih, dene botên kalêksanan anggènipun badhe yasa nagari, sarta kagungan kuwatos manawi kalêpatakên dening ingkang rama anggènipun badhe yasa nagari tanpa palilah. Sarêng badhe pangkat lajêng tilar pangandika dhatêng tiyang-tiyang ing ngriku, manawi panggenan punika botên kenging kalêbêtan bangsaning priyantun. Sintên ingkang malêbêt ing Sirapan punika masthi kacuwan manahipun kadosdene sariranipun.

Kacariyos sarêng Radèn Patah dumugi Majapait lajêng kaparingan nagari Bintara dening Prabu Brawijaya, asma Adipati Bintara.

Sarisakipun nagari Majapait: Radèn Patah jumênêng nata ing Dêmak jêjuluk Kangjêng Sultan Sah NgaladNgalam. Akbar, sinêngkalan: nir suci catur jalmi.Sengkalan: nir suci catur jalmi (1440 A.J.).

Ingkang ngaturi cariyosan punika tiyang nami Maya Sadrana ing Dhusun Sirapan.

Atmadipura. K. 178.

--- 1516 ---

Bab Kamajênganipun Bôngsa Jawi wontên ing Tanah Ngamônca

Kajêng kula ing ngriki prêlu badhe nyriyosakên bab kamajêngan, inggih punika kamajênganipun bôngsa Jawi ingkang manggèn wontên ing tanah sabrang Makasar. Dene limrahipun jaman sapunika, inggih punika sami ngawontênakên pakêmpalan, kangge tôndha rukuning ngagêsang utawi minôngka lantaranipun indhaking sêsêrêpan.

[Grafik]

Kitha Makasar sacêlakipun palabuhan.

Ing makasar punika sanadyan tanah sabrang, ananging kawontênanipun botên kraos kakên sangêt-sangêt, têgêsipun: bab pakêmpalan, bab lêlangên ugi wontên, kados ta: bab tayub, gamêlan saringgitipun sampun wontên, ringgit wacucal, ringgil tiyang lan kêthoprak, ugi wontên, ananging sadaya lêlangên wau sami madêg pakêmpalan piyambak-piyambak. Sasumêrêp kula kathahing pakêmpalan ing Makasar manawi botên lêpat 1 Rukun Sêtyahati, punika mligi namung kangge ambiyantu bab kasripahan. 2 Sahati (sus), punika satunggaling panggenan kangge angenggar-enggar panggalih, kinanthenan main bolah, maos koran lan langên bêksa sabên minggu. 3 Langên Budiswara, punika satunggaling pakêmpalan ambiyantu dhatêng kasripahan, kinanthenan sabên minggu lêlangên bêksa ringgit tiyang lan kêtoprak. Dene bôngsa muslimin samantên ugi inggih sami pêpanthan piyambak-piyambak, kados ta: 1 Muhamadiyah, 2 Sirotolmustakim, 3 Yong Eslamitênbon, lan sanès-sanèsipun.

Sadaya pakêmpalan wau, upami karingkês sami nunggil, wah iba agêngipun lan katingal saiyêg, kadosdene: Rukun Sêtyahati anunggil kalihan: Langên Budiswara. Bôngsa muslimin samantên ugi nunggil sami muslimin.

Botên langkung manawi wontên galap-gangsuling anggèn kula ngarang nyuwun gunging samodra pangaksama.

K. 4541

Kajênging karangan punika, ngêtingalakên mênggah raosing manahipun bôngsa Jawi wontên ing tanah ngamônca, lajêng saya karaos bêtahipun ngudi karukunan. Raos ingkang makatên wau kados ugi sagêd anumusi dhatêng panggalihanipun bôngsa Jawi sanès-sanèsipun. Wosipun badhe nuwuhakên sêdya nunggil. Kajawi punika, tumrap panjênênganipun lêngganan nomêr 4541 piyambak, tamtu inggih sagêd manggalih murih wiyaring têbanipun Kajawèn wontên ing laladan Makasar, punika inggih badhe agêng pigunanipun.

Red.

--- 1517 ---

Panglipur Manah

Kalangkungan Kilenan

Cêcariyosan ingkang tanpa tôndha saksi punika limrahipun dipun wastani umuk, kados ta: juru silêm sagêd nyilêm ing toya ngantos jam-jaman, punika dipun wastani umuk, awit dèrèng manggih tôndha yêktinipun. Malah trêkadhang taksih dipun wêwahi: samêdalipun saking toya mawi nyangking upêt kalihan sês taksih kêmpas-kêmpus, latunipun botên pêjah. Punika saya umuk. Wontên malih tiyang cariyos: wong maling krambil kuwi yèn mudhun saka uwit nganggo ngêmpit balarak kiwa têngên, banjur nyalorot mudhun, nuju panggonan sing sêpi. Punika inggih umuk malih. Ewadene sarêng dipun paibên malah saya nglantur, wangsulanipun: kowe aja maido, wong aku dhewe wis mrangguli wong maling krambil, malah barêng nylorot kêprêgok aku, banjur mumbul manèh. Punika saya êmbahipun umuk.

[Grafik]

Nanging sarêng tiyang sagêd numpak pit ing kawat, wontên tôndha yêktinipun, inggih punika tiyang kumidhi, tiyang ingkang ningali namung andomblong. Sarèhning pasaksèn punika nyirnakakên pamaibên, ing ngriki nyariyosakên: ing Cigago wontên tiyang nguwot tangsul inggil sangêt, mawi sagêd jêjogedan napa, kados ing gambar.

Sanadyan kawontênan punika elok, tamtu dipun tulad bôngsa kula ing ngriki, awit kamajênganing jaman, samukawis ingkang katingal sagêd niru.

--- 1518 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Dhasar lan Ajar

Sambêtipun Kajawèn nomêr 93

Garèng : Wis, Truk, ayo saiki padha ambalèni rêmbugane lagi anu kae ing bab dhasar lan ajar. Kala samono aku rak wis ngomong, yèn wong urip ana ing dônya kuwi ora kêna nyirik kêkumpulan, prêlune cikbèn bisa: algêmin onwikêl, wèwèh, kok mèh lali cara Jawane, kuwi mau ala-ala cara Walônda, mungguh têgêse kira-kira: sugih kawruh. Wong sing ora nyirik kêkumpulan karo sauwong-uwonge, rak iya wis mêsthine ta, nèk sugih kapintêran, upamane bae kabênêr ana ing pasamuwan sing dianani dhangsah, ing sarèhning wis kulina kêkumpulan karo bôngsa Walônda, sanadyan mèlua mubêng-mubêng angganjrêt, iya mêsthi pantês. Kèri-kèri diulêmi trêbangan, kok banjur dianani dhanah-dhanah, anggêr trêbange wis muni: plak kêthaplak, plak, plak, kêthaplak, ing sarèhne kenene wis kulina kumpul karo bôngsa Arab, iya banjur bisa mèlu ngadêg karo muni: wa nauyatan, saaltuga akrinilana,... lan anggone nibakke sikil ya bisa barêng karo unining trêbang sing mak plak, ngono kae. Apa manèh yèn kulina kêkumpulan karo Mas Ajêng Manggis, Mas Ajêng - e nas - Mis Hèrlaut, kok banjur diulêmi uyu-uyu, nèk kono ana sing mundhuti gêndhing Sarayuda upamane, kenene mêsthi bisa ambawani nganggo Dhangdhanggula Turulare. Wadhuh, apa iya ora liyêr-liyêr rasane.

[Grafik]

Petruk : Lho, tumrap wong sing kêncêng pikire utawa sing luhur bêbudène, ya pancèn bêcik. Yèn bisa kumpul karo sadhengahing uwong. Ning sing akèh bangsaku kuwi wêwatêkane lelar-lelur, gampang kèlune karo wong-wong sing dikumpuli, buktine: pirang atus uwong bangsaku sing kapêksa kudu diplêsirake nyang Dhigul, jalarane rak durung kinar yèn pancèn anggêgêgi kaya kinane dhewe, rak bisa uga mung kèlu saka kêkumpulane bae. Ing Layang Wulangrèh, anggitan dalêm Ingkang Sunuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping IV ing Surakarta, ana unèn-unèn, gêndhinge Kinanthi thik nganggo kêsandhung-sandhung, lho, mangkene:

yèn wong

--- 1519 ---

anom pan wis tamtu / manut marang kang ngadhêpi / yèn kang ngadhêp akèh bangsat / datan wurung bisa juti / yèn kang ngadhêp kèh durjana / nora wurung bisa maling //

sanadyan ta nora milu / pasthi wruh solahing maling / kaya mangkono sabarang / panggawe ala puniki / sok wêruha nuli bisa / yèku panuntuning eblis //

Mara ta Rèng, ing kono rak wis cêtha, yèn wong kuwi kêkumpulane ya kudu milih-milih, ora kêna sacandhak-candhake bae. Apa manèh akèh-akèhing wong kuwi ora ngrêti mênyang luhur utawa cêkake bêbudène dhewe, dadi cêkakane sing akèh wong kuwi ora ngrêti mênyang cacade dhewe.

Garèng : Lho, Truk, wong ora ngrêti mênyang cacade dhewe kuwi wis lumrah, tandhane tanggaku Mas Ajêng Jakob kae, kulitane irêng anjêgadhêl, ulêsing lambene ngrêmpêla, ewadene nèk manganggo, wadhuh: klambine ya kudu kuning kapurônta, tapihe latar putih, dalasan pupure bae sing dipilih kok pupur kuning, dadi kaya lele bumbu rujak.

Petruk : Lho, kok banjur nyandhak mangkono, kuwi rak gambare won sing ora bisa matrapake panganggone. Sing dikarêpake cacad mau, cacade bêbudène. Wong urip ana ing donya wajibe kudu sumurup cacading bêbudène dhewe mau.

Garèng : Wah, Truk, iki rak jênêng omong kosong. Wis lumrah, nèk wong urip kuwi nyang cacade dhewe wis mêsthi ora sumurup, tandhane sobatanaku Mas Bèi mantri candu kae, nèk wis nang tayuban, anggone gojèg karo tlèdhèk ya nganti ngisin-isinake têmênan, ewadene mêksa ya ora ngrêti yèn tingkahe mau sajatine saru wijaya, rumasane: lha wong aku, sapa ta sing ngluwihi brêgas utawa sugihku, cêkake nèk aku kiyi: jagung bakarane, sèh. Lha, saikine kêpriye, Truk, bisane sumurup ing cacade dhewe mau.

Petruk : Nèk mungguhing panêmuku saranane ana patang warna, yaiku: 1e kudu puruhita mênyang guru kang waskitha ing pangulahing bêbudèning manusa, lan waspada ing pôncabayane sing luwih samar.

Garèng : Ya wis ngrêti aku, Truk, prêlune puruhita mênyang guru kaya sing kok kandhakake kuwi, sabab guru sing kaya kono mau, têmtune bisa paring pituduh nyang muride, mungguh tuwuhing bêbudène sing kurang bêcik.

Petruk : Ya ora mung mêngkono bae, muride wajib miturut lan nindakake apa piwulanging guru mau. Aja kaya sawênèhing bocah nom jaman saiki, nèk kêtunggon wong tuwa upamane, kuwi sêmbayange ya tanpa ana towonge, nanging nèk adoh karo wong tuwane, banjur andadak rêkès nyuwun pêrlop bètên bêswar pan dhêlandhe, - lho, anggone nglakoni limang wêktu, rumasane: wong tuwa toh ora sumurup, sèh.

Garèng : Lho, kok banjur rono parane, luwih bêcik caritakna ihtiyar kang kaping pindho, dalane supaya bisa sumurup ing cacade dhewe mau.

Petruk : Kapindhone: golèk mitra sing têmên, sing waspada, tur sing ahli agama, prêlune [prê...]

--- 1520 ---

[...lune] supaya bisa mandêng ing saparipolahmu.

Garèng : Yah, nèk aku kok ora mathuk duwe mitra sing kaya ngono kuwi. Sabab aku duwe têpungan sing duwe mitra kaya unimu mau, rêrasanane jare mangkêlake bangêt, awit ora bisa kêmingkang sathithik, mêsthi tansah ditutwuri, apa manèh nèk kabênêr arêp lèngsêng, lha kuwi...

Petruk : Lho, kuwi rak dudu jênêng mitra, nanging osar-asir, têmtune têpunganamu mau digolongake wong sing ambêbayani tumrap tata-têntrêming praja, mulane ana osar-asir sing tansah tutwuri, prêlu anjaga aja nganti têpunganamu mau saya agawe rusak marang lakuning katêntrêman.

Garèng : We, lha, kojur, jêbul kaliru surup, wis, ah, saikine tak mênêng bae, tak ora mangsuli apa-apa, mung bae panjalukku, supaya cangkêmku aja budi, ênêng-ênêngana nganggo: klengkam, opyês, ora-orane ya nganggo mut-mutan liyane.

Petruk : Yak, kok kaya bocah cilik nganggo diênêng-ênêngi barang. Mulane kudu golèk mitra sing têmên, sing waspada, tur sing ahli agama, awit mitra sing mangkono kuwi kaprahe mêsthi mangrêti marang sasrapataning liyan, mula mêsthi wêruh marang ala bêciking mitrane, lan bisa nuduhake bênêr luputing tindake. Apa manèh rèhning ahli agama, kanthi sucining atine, marga saka pangemane, iya banjur gêlêm awèh pituduh murih bêcike aja kongsi kabanjur-banjur, sabab saupama kongsi kalakon dadi ala, mitra sing mangkono mau mèlu kelangan kabêcikan utawa kautaman. Dadi mitrane mau yèn mangrêtia mono tansah diluhurake. Aja kêliru surup, kandhaku kiyi mung anjupuk katatalane sing wis padha dak alami. Wusana samene bae dhisik, seje dina dibacutake rêmbugan manèh.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat Kabar Sanès

Sêtatitênipun pakêmpalan punggawa sêpur tuwin tram India ing Bandhung sampun tampi kêkancingan saking parentah angsal rèh pêrsun.

Kala tanggal kaping 25 wulan punika wanci enjing, ing Bogor wontên bikakan griya sakit enggal, manggèn ing Kêdhungalang. Pambikakipun dipun jênêngi Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral.

Kala dintên Ngahad wontên kapal labuh ing Tanjungpriuk ambêkta pangeran adipati têtiga putranipun sultan ing Dhèli, Asahan tuwin Sêrdhang, prêlu badhe anjajah ing tanah Jawi. Tindakipun dipun dhèrèkakên Tuwan Bach asistèn residhèn saking Sumatra, dene wontênipun ing Batawi kadhèrèkakên asistèn residhèn Mistêr Kornèlês Tuwan A.E. Catalani. Para pangeran wau sami ambêkta oto piyambak-piyambak.

Wontên pawartos, pamênang lotre ingkang f 75.000.- dhawah ing Bandhung. Ingkang tumbas lot kêmpalaning punggawa radhio cacah tiyang 10.

Kawartosakên, Tuwan J.R. Burghardt redhaktur sêrat kabar de Critiek badhe kapriksa prakawisipun wontên ing pangadilan, kadakwa ngawon-awon warga rad kawula tiyang siti têtiga.

Wontên pawartos, dhepartêmèn pangajaran andhawuhakên dhatêng insêpèktur sêkolahan-sêkolahan andhap tuwin têngahan, supados nitipriksa: punapa sakintên sagêd ngicali garapan ing griya tumrap murid sêkolahan andhap, tuwin ngirangi garapan ing griya tumrap murid sêkolahan têngahan. Dhepartêmèn ugi niyat badhe rêmbagan kalihan para bêstiring pamulangan partikêlir, manawi sagêd ugi supados nindakakên makatên.

--- 1521 ---

Pulisi ing Ngayogya mêntas manggihakên katrangan prakawis kadurjanan ingkang aluraning prakawis makatên: wontên tiyang jêjodhoan gadhah anak taksih bayi: pêgatan. Ingkang jalêr lajêng malêbêt kuli kontrak dhatêng Dhèli, saha sampun kakintunakên dhatêng Sêmarang. Ingkang èstri sangêt susahipun, lajêng nusul badhe malêbêt kuli kontrak, nanging dipun tampik, amargi gadhah anak taksih bayi. Saking judhêging manah, tiyang èstri wau kesah malêbêt ing patêbon, anakipun dipun pêjahi, saha lajêng wangsul dhatêng panggenaning mandhor wèrêk, cariyos manawi anakipun sampun dipun titipakên marasêpuhipun. Ing wusana bab wontênipun raja pêjah punika kasumêrêpan ing pulisi, lajêng dados papriksan panjang. Lêlampahan prakawis raja pêjah punika enggal dangunipun sampun tamtu pinanggih dakwanipun.

Sampun dangu ing Pamalang kathah lare-lare sêkolahan ingkang namung nglajo saking griya ingkang têbih dunungipun, andadosakên prihatosing tiyang sêpuh. Awit larenipun rêkaos tuwin anjalari kiranging majêng dhatêng pangajaran. Ingkang makatên wau para guru ing Pamalang rumaos prêlu ngawontênakên pamondhokan. Nalika tanggal 1 wulan punika kalampahan sagêd ngêdêgagên pamondhokan wau, lare satunggal kakengingakên bayaran f 9.50 ing dalêm sawulan, nalika sawêg malêbêt mawi entre f 10.- prêlu kangge tumbas pirantos, kados ta patilêman sapanunggilanipun, benjing manawi lare sampun mêdal badhe kabêktakakên. Ingkang kapilih dados pangarsa Tuwan M.A. Kadir, panitra M. Atmawardaya, warga sanès-sanèsipun kakung putri sawatawis. Wontênipun pamondhokan wau têtela agêng pigunanipun, kajawi murid botên rêkaos ing lampah, ugi angsal panggulawênthah prayogi. (W)

Pakêmpalan Muhamadiyah ing Grêsik nindakakên komite pados darma kangge mitulungi kasangsaran kabêsmèn ing Grêsik. Miturut katrangan angsal-angsalan saking celengan-celengan wontên f 1086.79, saking panyadean karcis f 265, saking sêrat kalowongan ingkang dipun idêrakên wontên f 469.42, darma ingkang dhatêng piyambak f 124.44, gunggunging arta sadaya wau sampun dipun bage-bage dhatêng tiyang ingkang kasangsaran.

Miturut sêrat dhawuh kakancingan nata, arta pitulungan saking nagari tumrap militèr India wetan utawi kilèn ingkang ngajal salebêting wajib, kapetang sami kemawon.

Wontên pawartos, katingalipun anti wukêr ing Sêmarang pêjah, ing Cirêbon pêjahipun sampun dangu. Sapunika ingkang taksih kantun ing Bandhung, Ngayogya tuwin Têgal.

Wontênipun bôngsa Tionghwa saking Tiongkok, ingkang dhatêng ing Indhonesiah ing taun punika, kirang sangêt manawi dipun timbang kalihan taun kêpêngkêr. Dene ingkang dhatêng sapunika ingkang kathah namung èstri tuwin lare-lare sami nusul ingkang sampun wontên ing ngriki.

Miturut papriksaning komisi kasangsaran ing sagantên pasisir Inggris ingkang mêntas kalampahan, kapuk ingkang prayogi piyambak kangge isèn kambang punika kapuk wêdalan tanah Jawi.

Kawartosakên, sêrat kabar Fadjar Asia ingkang sampun sawatawis dangu botên mêdal, dipun tumbas Tuwan Cakra Aminata, kangge kabêtahaning P.S.I.

Benjing malêm Sênèn tanggal 1 Dhesèmbêr, pakêmpalan ringgit tiyang Marsudi Bêksa ing Batawi, badhe mitongtonakên ringgit tiyang wontên ing Stadsschouwburg, lampahanipun Sri Dênta, rêgining panggenan wiwit f 0.60 dumugi f 1.20.

Ing Rêdikidul, Ngayogya wiwit kêkirangan têdha, lare-lare ingkang sami kêluwèn grumutan wontên pêkên nêdha kulit nôngka. Ing pinggir-pinggir margi kathah têtiyang ngombe saênggèn-ênggèn, jalaran saking kaluwèn mêntas pados padamêlan. Kathah tiyang ingkang malêbêt kuli kontrak. Mênggah jalaraning tuwuh kêkirangan têdha, kajawi saking tanêman botên kêmêdalan, ugi jalaran ing ngriku botên wontên tandhon têdha, sampun sami kasade.

Ing griya sakit militèr Malang wontên tiyang sakit ingkang adamêl gumuning dhoktêr, inggih punika tiyang sakit bêntèr ingkang timbanganing bêntèripun ngantos 43 ½ grad Celsius, sarèhning peranganing grad-gradan namung dipun damêl dumugi 42 grad Celsius, dados ingkang kangge ngukur chmeische tèrmomètêr. Anèhipun tiyang ingkang sakit wau taksih gêsang, môngka limrahipun manawi bêntèripun 42 grad Celsius, tiyang sampun pêjah.

Wangsulan saking Redhaksi

Tuwan Slamêt ing Silindha. Panjênêngan prayogi ngaturi sêrat dhatêng bupati ingkang ambawahakên panggenan panjênêngan rumiyin, kanthi katrangan ingkang jangkêp.

Lêngganan nomêr 4023 ing Biyang Bali. I Kajawèn nomêr 88 sampun kakintunan. II redhaksi Kajawèn kasupèn pitakenan panjênêngan. III pitakenan dhatêng Kajawèn prayogi basa Jawi. IVa. Bab wontênipun bôngsa Eropah (ingkang agami Kristên) nganggêp nomêr 13 awon, sawênèhing kaol nyariyosakên makatên: nalika Gusti Kangjêng Nabi Ngisa (Yesus) nuju dhahar kêmbul kalihan sakabat kalih wêlas, dados tiga wêlas kalêbêt Gusti Kangjêng Nabi piyambak. Kala samantên wontên tiyang nama Judas Iskariot wêwadul dhatêng mêngsah saha anjalari kacêpêngipun Gusti Kangjêng Nabi ngantos kasedanan. Wiwit wau lajêng tuwuh wontên panganggêp, sawarnining petangan punapa kemawon, ingkang dhawah 13 awon. Nanging wontên sawênèh kaol malih, bab wontênipun panganggêp awon cacah 13 punika sampun wiwit kala jaman kadewan. IVa. Wontênipun tiyang dhuwungan botên dipun angge kalanipun ambêbucal, punika wosipun nindakakên pangaji-aji.

--- 1522 ---

Wêwaosan

Sirwenda lan Danurwenda

Anggitanipun Muhamat Dohiri

12

[Pangkur]

wus sirna raning manungsa / kapat pisan bali ring sunyaruri / langgêng ing kaananipun / nêngna kang wus pralaya / kawarnaa nulya na gara-gara gung / udan dêrês salah môngsa / gumrojog saking wiyati //

dhèdhèt erawati ngakak / lêliwêran gumêbyar kilat thathit / ing awiyat angêndhanu / mêndhung pêtêng limêngan / bayu bajra sindhung riwut guntur kêtug / kadi anglêbur bawana / banjir bandhang angin-angin //

sasirêping gara-gara / nulya ana swara ririh kapyarsi / dumêling asung pêpemut / hèh ta sira Pragola / wong tan dosa parandene pinrih lampus / samangkya ingsun tarima / benjang arsa malês mami //

yèn Pasantenan ana prang / lah ing kono sun manjing ing lêlungit / jajanta arsa sun butul / dimèn manggya lir ingwang / nulya mênêng suwara datan kaprungu / tan lama manèh kapyarsa / dumêling asung pêpeling //

hèh hèh Dipati Pragola / wruhanamu samêne ingsun manjing / ing kêrènta waja iku / nanging benjing manawa / Pasantênan ana prang gêdhe dèn emut / lah ing kono walês ingwang / krana ingsun masthi ngalih //

lamun sun katêmu kakang / kang dumunung anèng pucaking lungit / nanging ing sadurungipun / sun arsa malês sêtya / lamun ana brajaning mungsuh tumanduk / ugêre dudu pun kakang / raganta ingsun alingi //

cêp mênêng datan kapyarsa / Dyan Pragola miduwung jroning galih / lêmês anggane ngalumpruk / mangkana sinêngkalan / tataning kang netra ngobahkên ratSengkalan: tataning kang netra ngobahkên rat (1625 A.D.). sagung / etanging surya sangkala / patine kapat pineling //

riwuse enjang pinêtak / sang dipati adhawuh kinèn nyandhi / anèng dununge kang lampus / mangkana cinarita / ing nagara kêni wêlaking Hyang Agung / apacêklik larang pangan / têtanduran padha mati //

sawah-sawah padha asat / katrajang ing mênthèk lan walang sangit / wong desa pating bilunglung / lêlara warna-warna / kèh wong mati lara sore esuk lampus / marma Rahadyan Pragola / ing tyas sakalangkung kingkin //

rinasa saya karasa / linalipur mêksa tan bisa pulih / marma mangkya karsanipun / sumêdya enggar-enggar / nèng pratapan sowan risang mahawiku / tan winarna anèng marga / pulo Upih sampun prapti //

kinakurmat pinisuka / sang dipati ri sampune ngabêkti / maharsi ngandika arum / dhuh anggèr sang dipatya / kadingarèn dene lami nêmbe rawuh / saking petanging pun bapa / mèh kalih têngah warsèki //

punapa karananira / sang dipati umatur mring sang yogi / dhuh bapa sang mahawiku / mugi paring aksama / dene lami tan marak ngaras jêjêngku / saking dahat karibêdan / rubedaning kanang nagri //

anjola sang pinandhita / èsmu gugup dènira ngandika ring / sang dipati kaduk giyuh / dhuh anggèr paran warta / rubedanya kang ngribêdi ing kadhatun / Radyan Pragola manêmbah / kawuningana sang yogi //

duk nguni amba wus mangkat / arsa marak ngarsa paduka rêsi / kêpengin nyuwun pituduh / dene jroning tyas amba / adrêng nêdya umadêg pribadi mêngku / nagari ing Pasantênan / tan ngèdhêp Mataram Aji //

dupi anèng têngah marga / raosing tyas kêpati kêdah bali / pinênggak-pênggak tan keguh / wasana wosing sêdya / dadya amba cangkelak tumuntên wangsul / saprapta amba ing pura / wontên pakèwêd sayêkti //

nulya tinutur sadaya / purwa madya wasana datan kari / maharsi kalangkung ngungun / anjêngêr tan ngandika / ngêrês ing tyas miris myarsa aturipun / lêlakon kang wus kalakyan / wasana ngandika manis //

8. Adipati Pathi ambalela dhatêng Mataram.

Dhandhanggula

lah ta anggèr dene gêgirisi / têka dadak mungkur ing rèh tama / môngka ta kalamun supe / ing galih ywa kalimput / mamrih ayu ingkang pinanggih / dadi nora mangkana / tataning pangruruh / dumèh mênang gya gumampang / nora nimbang patrap ala miwah becik / rusak tataning prentah //

sasat buta butêng bêtah kaki / mangrurah ing madyèng wanawasa / wit-witan binêdhol kabèh / abubrah kabarubuh / tanpa sêbut matêmah dadi / mawut mawur wurahan / mumut ajur mumur / patrape gung adiguna / nêniwasi kalamun dèn uja kaki / lah yogya dèn candhêta //

witing lêpat saking kirang titis / yèn kasrakat têmah lagya tobat / gêtun kang kalakon kabèh / lah makatên pukulun / patrap tuwan kang wus kawuri / sêmbrana tan prayitna / buru-buru nêpsu / amurang krama utama / pan tinutuh lumuhing pakewuh rêmit / môngka wajibing nata //

kêdah darbe watak surya kaki / lire wataking surya mangkana / panase sinangkan sarèh / dadi tan grusa-grusu / panasira saka sathithik / lama-lama kumlanthang / nglinthing garingipun / tan kadya panasing brama / gêni blarak mrakatak agêlis mati / sirna awu anggana //

yèn makatên patraping paniti / grusa-grusu enggala kalêgan / kapiduwung wêkasane / beda anggèr kalamun / tinaliti saking sathithik / paran karananira / Juru Taman mlêbu / anèng jroning kênya pura / lamun nyata nêdya darbe laku silip / yogya tômpa pidana // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]