Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-12, #1644

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1929, #1644
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-01, #1644. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #353.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-02, #1644 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #385.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-03, #1644 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #386.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-04, #1644 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #387.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-05, #1644. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #388.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-06, #1644. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #389.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-07, #1644 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #390.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-08, #1644. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #391.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-09, #1644. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #392.
10.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-10, #1644. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #393.
11.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-11, #1644 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #394.
12.Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-12, #1644 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #395.

Ôngka 98, 5 Rêjêb Taun Ehe 1860, 7 Dhesèmbêr 1929, Taun IV

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1539] ---

Ôngka 98, 5 Rêjêb Taun Ehe 1860, 7 Dhesèmbêr 1929, Taun IV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Rêdi Papandhayan

[Grafik]

Gambar nginggil punika sawangan ing rêdi Papandhayan

--- 1540 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja, Ind. Arts ing Kudus

(Candhakipun Kajawèn ôngka 97)

Sasampunipun para dhoktêr ingkang pintêr-pintêr manggihakên vitamine warni-warni ing têtêdhan wau, punika paedahipun agêng utawi migunani sangêt tumrap ingkang sakit avitaminose, scorbuut lan bèri-bèri, awit dhoktêr lajêng sagêd anjampaèni mawi têtêdhan ingkang wontên vitamine nipun.

Limrahipun kuli-kuli Jawi utawi Tionghwa ingkang sami nyambut damêl ing kabudidayan-kabudidayan, yèn nêdha sêkulipun kathah, namung kalihan sambêl utawi lombok thok, utawi janganan ingkang sampun kagodhog, awis sangêt nêdha mawi daging utawi ulam, mila lajêng sagêd andadosakên ewahing kasarasan, asring aniwasi, awit têtêdhan ingkang dipun têdha wau botên ngandhut utawi kirang sangêt vitamine nipun.

Para saradhadhu ingkang lumampah têbih ing wana-wana, limrahipun sangu uwos gilingan, prêlunipun sagêd awèt sae botên risak, amargi wos tuton botên sagêd awèt, enggal anggônda apêk jalaran dipun têdha bubuk. Daging utawi janganan ingkang kangge sangu punika ingkang sampun dipun stoom ing blèg, mila vitamine nipun sampun kathah ingkang ical, dados têtiyang wau ingkang dipun têdha kêpêksa sêkul gilingan, janganan lan daging ing blèg, dangu-dangu badanipun têtiyang lajêng sagêd sakit ingkang dipun wastani bèri-bèri wau.

Ing ngandhap punika katrangan ingkang sampun nyata.

Ing taun 1889 Prof. Eijkman, Directeur Geneeskundig Laboratorium ing Weltevreden ngingah ayam kathah dipun kandhangakên, prêlu kangge wigatosing Laboratorium. Ayam wau sabên dintên kulina dipun pakani sêkul pêthak saking griya sakit. Ayam ing kandhang wau asring sami sakit suku lan suwiwi sèmpèr lajêng kathah ingkang pêjah. Kapinujon ing satunggiling wêkdal botên wontên tirahan sêkul pêthak kangge makani ayam wau, lajêng dipun sukani gabah, enjingipun rencang ing Laboratorium badhe makani malih, ayam-ayam ingkang sami sèmpèr katingal wontên ingkang ragi ganggas satunggal kalih, sampun sagêd ngadêg. Sanès dintên kalêrêsan botên wontên tirahan sêkul malih ngantos sawatawis dintên, dados têdhanipun ayam namung gabah. Ing salêbêtipun sawatawis dintên ayam-ayam wau ingkang sakit sèmpèr kathah ingkang saras, wontên ugi ingkang pêjah satunggal kalih bokmanawi ingkang sakit sangêt. Sanès dintên sarêng wontên tirahan sêkul, ayam wau dipun pakani sêkul pêthak malih, dumadakan ayam sami sakit sèmpèr malih lan kathah ingkang pêjah.

Saking pamanggihipun Prof. Eijkman ayam ingkang sakit sèmpèr jalaran nêdha sêkul pêthak punika, saha bokmanawi peranganing sêkul pêthak ingkang gadhah daya ngiyatakên badaning ayam ical utawi botên wontên. (Badhe kasambêtan)

--- 1541 ---

Kawruh Sawatawis

Bab Sulapan

Ngèlmu sulap punika tumrapipun bôngsa Jawi sampun dangu sangêt sumêrêpipun. Kala jaman taksih awis tiyang ingkang mangrêtos dhatêng ngèlmu sulap, sintên ingkang nyumêrêpi patrapipun têyangtiyang. nyulap, tamtu gumun kanthi ngungun sangêt, inggih sintên tiyangipun sumêrêp tiyang mujudakên arta ringgit kumrompyang wontên sangajêngipun tiyang kathah, athik manawi dipun jajakakên inggih pajêng sayêktos, iba ta sugihipun tiyang nyulap punika. Nanging sarêng dipun petani kalihan ngakal budi, lajêng sagêd manggihakên nalaripun, inggih punika saupami nyata tiyang nyulap sagêd damêl arta kados makatên, prêlunipun punapa ambarang sulap, inggih prêlunipun kangge pados têdha. Manawi tiyang sampun sagêd manjangakên pamanggih makatên, tamtu lajêng sagêd tuwuh nalaripun lan sagêd amastani, bilih sulap ingkang kados makatên punika namung saking tindak dêdamêlan.

[Grafik]

Semar ambarang jantur.

Mênggah ing bab ngèlmu sulap, punika wontên warni sakawan, inggih punika: saking kaprigêlan, saking dayaning jampi (rekadaya), saking tumindaking ngèlmu kodrat tuwin siir.

Ingkang tumindak saking kêprigêlan, mirid ing cêcariyosan sêrat, ing jaman purwa inggih sampun wontên, kados ingkang kocap wontên ing lampahan Sêmar Ambarang Jantur, lampah-lampahing kaprigêlanipun kacariyosakên makatên:

Nalika Radèn Pamade kêsayahên mêntas pêrang kalihan rota danawa ing Tirtakandhasan, padharanipun [padharani...]

--- 1542 ---

[...pun] karaos luwe, panakawan têtiga kadhawuhan pados dhêdhaharan dhatêng padhusunan. Sarèhning Ki Lurah Sêmar pakèwêd manawi namung nênêdha dhatêng tiyang tanpa sarana, lajêng gadhah reka badhe sarana ambarang jantur. Mênggah pratikêlipun lajêng nawu dhatêng lèpèn, angsal bulus, wêlut tuwin lintah. Inggih angsal-angsalanipun warni tiga wau ingkang badhe kangge sarana nyulap (anjantur), tuwin sampun kêkêthikan, nyulap godhong waru dados bulus, janur kuning dados wêlut tuwin pisang kluthuk dados lintah.

Kalampahan tiyang tiga dumugi panggenanipun Dèwi Lara Irêng ing Ngargasonya, saha dipun tanggap. Kacariyos nalika Lurah Sêmar nyêpêng godhong waru lajêng nyasmitani dhatêng Petruk kalihan sat sêt mungêl: bulus, bulus tanganipun Sêmar dipun acungakên dhatêng wingking badhe nampèni bulus, nanging dipun wangsuli dening Ki Lurah Kanthong manawi bulusipun sampun dipun sade wontên ing margi. Lurah Sêmar gèdhèg. Lajêng santun nyandhak janur kuning kalihan mungêl: wêlut, wêlut. Bapakipun Poniyah (Garèng) mangsuli: wêlut sampun dipun bakar. Punika wujudipun tiyang nyulap kabadharan, jalaran saking manggih sabab, dados kaprigêlanipun botên dados.

Nanging sarèhning tiyang nyulap punika sampun tamtu pangawak prigêl, inggih bab solah punapadene ginêm, mila gampil kemawon Ki Lurah Sêmar lajêng cariyos manawi kêbadharan, jalaran ing ngriku wontên tiyang ingkang botên suci. Sarêng dipun padosi ingkang kadhawahan peyan pun jêmunak, lajêng kapurih sumingkir. Ing salajêngipun Ki Lurah Sêmar nyandhak pisang kluthuk, kalihan mungêl: lintah, lintah. Sarêng Petruk tampi sasmita lintah, lajêng ngrogoh kandhutan, tamtu kemawon lintah dipun kandhut mêsthi napêl wêtêng, nanging mêksa dipun bêthot sarta dipun ulungakên, agêngipun sampun sajanggêl. Ki Lurah Sêmar nampèni inggih kalihan kirig-kirig tuwin wicantên andharêdhêg: hi, punika dados lintah. Lajêng dipun cêmplungakên ing pangaron, kêlap-kêlap. Sadaya ingkang sumêrêp sami bingah.

Ing ngriku têtela kaprigêlanipun tiyang nyulap punika wontênipun namung damêl bingah tuwin gumuning ingkang ningali, malah sok ngantos katingal tiyang ingkang ningali sangêt anggènipun kawon daya kalihan ingkang nyulap. Tôndha yêktinipun mênggahing bab tiyang ingkang kawon daya, kados ta tiyang sagêd mêndhêt arta saking irunging tiyang sanès, sarana dipun pithês, tur lugunipun arta wau namung pinanggih wontên ing tanganipun juru sulap. Ewadene sarêng tiyangipun dipun pitakèni: kapriye rasane. Wangsulanipun: klêlêr-klêlêr. Punika nandhakakên tiyang ingkang sampun kawon prabawa punika sok namung manut miturut sapakèn, utawi raos pangraosipun lajêng ewah.

Sulap bangsaning kaprigêlan, ugi kanthi pirantos-pirantos ingkang kangge nyulap, kados ta blèg sungsun, lading mawi pir tuwin sanès-sanèsipun.

Dangu-dangu sulap ingkang kados makatên punika dados kêlimrah sangêt, botên patos adamêl gawoking tiyang, amargi tiyang lajêng sagêd anggagas [ang...]

--- 1543 ---

[...gagas] dhatêng lampah-lampahipun, nanging tumrap nyulap ingkang tukangipun sulap prigêl, tuwin alus-alus pirantosipun, inggih taksih adamêl gumun. Malah sampun nate wontên tukang sulap, sasampunipun nyulap lajêng nyariyosakên lampah-lampahipun wontên sangajêngipun tiyang ningali, nanging limrahipun inggih namung ingkang gampil-gampil kemawon.

(Badhe kasambêtan)

Marsudi Bêksa

Kala malêm Sênèn ingkang kapêngkêr punika, pakêmpalan Marsudi Bêksa ing Batawi, ngawontênakên gêbyagan ringgit tiyang mêndhêt lampahan Sri Dênta. Sadèrèngipun ngandharakên wawasan sawatawis mênggah kawontênanipun gêbyagan wau, tumrap para maos ing ngriki kados prêlu nyariyosakên sakêdhik ing bab pakêmpalan wau. Pakêmpalan Marsudi Bêksa punika pakêmpalanipun para priyantun Jawi ing Batawi, ingkang sêdyanipun ngudi kagunan Jawi ing bab jogèd, gêndhing lan sasaminipun. Mênggah adêging pakêmpalan wau kintên-kintên ing taun 1912 saking kêparêngipun ingkang bupati ing Indramayu samangke, nalikanipun jumênêng patih wontên ing Batawi. Dados adêgipun pakêmpalan wau kirang langkung sampun 17 taun. Beda kalihan pakêmpalan kagunan sanès-sanèsipun, ingkang gêsangipun kanthi kabantu dening pakêmpalan tuwin bôngsa luhur liya-liyanipun, Marsudi Bêksa punika gêsangipun namung saking dayanipun piyambak, amila inggih botên kenging dipun paibên, bilih gêsangipun tansah adêg-adêg antêp kemawon. Lêrês, kala rumiyin sampun sêring adamêl gêbyagan wontên ing griya kumidhi (schouwburg) tuwin panggenan sanès-sanèsipun, nanging salajêngipun pintên-pintên taun laminipun sidhêm kados botên wontên sabawanipun babar pisan. Ujug-ujug têka wontên wara-wara, ingkang martosakên, bilih tanggal 1 malêm 2 Dhesèmbêr, pakêmpalan wau badhe adamêl gêbyagan wontên ing griya kumidhi ing Wèltêprèdhên. Jalaran saking punika sampun têmtu lajêng nuwuhakên gagasan mawarni-warni, lan inggih botên nama anèh, bilih kathah-kathahing tiyang sami maibên, punapa gêbyagan wau sagêd badhe kalampahan sae, malah sawênèh wontên ingkang sajak ngece sarta lajêng kawêdal panjêngèkipun: wèh, apa ya kêna didêlêng,... makatên salajêngipun. Ing wusana mênggah karampunganipun gêbyagan wau, tumraping satunggal-satunggalipun tiyang têmtu beda-beda pamanggihipun. Nanging mênggah pamanggihipun ingkang adamêl wawasan punika - ewadene inggih botên kenging dipun ugêmi, jêr sanès bangsaning ahli jogèd tuwin gêndhing - sanadyan dèrèng sampurna, kados sampun botên nguciwani manawi kagêbyagna wontên ing griya kumidhi ing Wèlteprèdhên. Ing ngandhap punika wawasan sawatawis [sawatawi...]

--- 1544 ---

[...s] mênggah wontênipun gêbyagan wau:

Ing nginggil sampun kacariyosakên, bilih gêbyagan ringgit tiyang wau amêndhêt lampahan Sri Dênta. Pamilihipun lampahan ingkang makatên punika, pangrèh pakêmpalan pantês ingalêmbana, awit ing lampahan wau prasasat botên ngêdalakên pawèstri. Ing sarèhning ing pakêmpalan ngriku botên wontên warganipun èstri ingkang tumut ngringgit, ingkang salêrêsipun tumrap têtiyang Jawi umumipun taksih nyolok mripat, ingkang dados èstri lajêng kapêksa tiyang jalêr. Kadospundi tandangipun tiyang jalêr ingkang ngringgit dados èstri, punika sabên tiyang sumêrêp, ingkang kathah-kathah têmtu botên sagêd mathuk, ingkang punika mila inggih utami sangêt, manawi lajêng milih lampahan ingkang kirang sangêt èstrinipun.

Mênggah wontênipun gêbyagan, manawi kapêndhêt radin-radinipun nama sampun sae. Adêgan ingkang kapisan Karaton Dwarawati. Ingkang mêdal rumiyin: Sômba, Sêtyaki tuwin Udawa, botên watawis dangu lajêng Sri Nata Krêsna miyos. Sasampunipun lajêng sami jêjogedan sêsarêngan, panjogèdipun Prabu Krêsna limrah, dene para punggawanipun kanthi jèngkèng.. jogèdipun sadaya wau sae botên nguciwani, nandhakakên panyionipunpanyinaonipun. dipun pêng sayêktos. Namung wontên kuciwanipun sakêdhik, dene miyosipun sang nata tanpa pandhèrèk, sajakipun dados kados ratu kere, sababipun bokmanawi inggih jalaran saking botên wontênipun pawèstri ingkang tumut ngringgit, nanging manawi namung kangge bangsaning êmban kemawon, tiyang jalêr kados inggih sampun kenging.

Adêgan ingkang kaping kalih ing kadhaton Byumapala. Sasampunipun para Kurawa sami cumawis wontên ing paseban sadaya, Patih Sintawilapa lajêng mêdal, botên dangu Prabu Sri Dênta. Ing ngriku Prabu Sri Dênta tuwin Patih Sintawilapa sami kiprah, Prabu Sri Dênta kiprahipun alus, patihipun kiprah gagahan. Kalih pisan jogèdipun sampun kènging dipun raosakên. Lêrês, ingkang dados patih panjogèdipun kadhangkala sok asring kithal, nanging mawi salajêngipun purun nêmênakên anggènipun nyinau jogèd, salêbêtipun sawulan kemawon têmtu sagêd pêng-pêngan.

Adêgan ingkang kaping tiga: gara-gara. Sêmar: kirang lêma, têmbangipun cêkapan, omongipun kêbarèsên. Garèng: dêdêgipun angsal, swaranipun pikantuk, wandanipun pantês, namung paèsipun kirang mathuk. Lêluconipun katingal sajak taksih ajrih, bokmanawi sabab dèrèng kulina. Petrukipun, cêkak aos: jêmpol.

Adêgan ôngka kaping sakawan, ing Saptapratala. Sang Hyang Ôntabuga kaadhêpan dening para putra tuwin para wayah, inggih punika: Dèwi Nagagini, Radèn Nagatatmala, Dèwi Ôntawati miwah Radèn Ôntasena, kajawi punika punakawan têtiga: Sêmar, Garèng lan Petruk, ugi wontên ing ngriku. Sasampunipun Radèn Ôntasena nyuwun pamit dhatêng ingkang eyang badhe ngupadosi ingkang ngukir jangganipun, lajêng bidhal kanthi kairid ingkang paman Radèn Nagatatmala tuwin panakawan têtiga. Wontên ing margi [mar...]

--- 1545 ---

[...gi] Radèn Nagatatmala tuwin Ôntasena sami jêjogedan, kalih pisan panjogèdipun sayêktos botên nguciwani. Mila inggih kalih punika ingkang dados sêkaripun gêbyagan ing kala malêm sênèn ingkang kapêngkêr punika.

Têmtu badhe kêpanjangên upami Kajawèn nyariyosakên panjogèdipun satunggal lan satunggalipun ingkang sami ngringgit, cêkakipun punapa ingkang sampun dipun pitongtonakên kala malêm Sênèn ingkang kapêngkêr, punika botên badhe ngisin-isinakên sanadyan kapriksanana ing sintên kemawon, saya malih manawi sagêd angewahi kakiranganipun kados ing ngandhap punika:

1. dhalangipun dèrèng andhalangi, 2. ôntawêcananipun kirang, 3. pranatanipun kirang, 4. ingkang anjogèd kêdah miturut kêprak, sampun kosok-wangsulipun, lan sapiturutipun.

Pamujinipun ingkang nyêrat punika, gêbyagan ing tanggal 29 Dhesèmbêr ing ngajêng, sagêda ngewahi punapa kakiranganipun, kanthi pangajab, sagêda langkung kathah ingkang sami nêksèni.

Ing wusana andharan sadaya wau mugi tinampia kanthi lêgawaning panggalih dhatêng para warganipun pakêmpalan Marsudi Bêksa, sampun pisan-pisan anuwuhakên raos kirang prayogi, makatên ugi panjênênganipun Radèn Surya, ingkang dados sêsêpuhipun Marsudi Bêksa, sagêda manggalih murih majêng lan misuwuring pakêmpalanipun. Amin.

Prof. Dr. G.A.J. Hazeu Seda

Para maos kados botên kêkilapan dhatêng paduka Tuwan Dr. Hazeu. Sanadyan dèrèng sumêrêp dhatêng warninipun ingkang sayêktos, inggih sampun sumêrêp dhatêng gambaripun, botênipun inggih sampun mirêng wartosipun, awit panjênênganipun wau wontênipun ing Indhonesiah jumênêng prayagung luhur ingkang sumarambah sangêt.

Miturut pèngêtan, kala ing taun 1897 panjênênganipun Tuwan Hazeu wiwit angsal sêsêbutan dhoktor, saking sarana anggènipun damêl karangan Bijdrage tot de kennis van het Javaansche tooneel inggih punika: kawontênanipun sawatawis bab wayang. Panjênênganipun wau pancèn wiwit nalika taksih dados sêtudhèn, panggalihipun katarik sangêt dhatêng bab kawruh tanah lan bôngsa, lan malih pasinaonipun dhatêng basa Jawi paham sangêt.

Sasampunipun angsal sêsêbutan Dr. lajêng dhatêng tanah Jawi, tamtu kemawon tumraping panjênênganipun kawontênanipun ing tanah Jawi botên patos ngagètakên, awit sanadyan sawêg katêmbèn uninga, nanging sampun botên kêkilapan dhatêng lukat-lukitipun, malah dumugi basanipun pisan sagêd ngêcakakên.

Dr. Hazeu sadumuginipun tanah Jawi dèrèng wontên papan tumrap ing panjênênganipun, nanging botên dangu inggih lajêng wontên, dados guru wontên ing pamulangan Gijmnasium Willem III apdhèling B ing Batawi. Inggih punika wiwit taun 1898 dumugi 1904.

Kalanipun nuju môngsa liburan, panjênênganipun [panjênênganipu...]

--- 1546 ---

[...n] kêrêp mrêlokakên dhatêng Surakarta utawi Ngayogyakarta, prêlu sasrawungan kalihan para priyantun Jawi, punapadene ngudi sêsêrêpan ing bab warni-warni. Pakulinanipun manawi nuju wontên Surakarta utawi wontên Ngayogyakarta namung kalihan bôngsa Jawi, ngandikanipun inggih mawi basa Jawi. Manawi wontên Surakarta kêparêng lênggah ing pahêman Radyapustaka manawi nuju pakêmpalan, saminggu sapisan ing wanci dalu. Kajawi punika ugi kaparêng rawuh ing panggenanipun priyantun ingkang nuju gadhah damêl, prêlu kangge nyatakakên ing bab tatacara, punapa malih sabên enjing kaparêng mlampah-mlampah dhatêng pakampungan-pakampungan, ing ngriku sagêd nguningani kawontênan warni-warni.

Nunggil taun 1904 Tuwan Dr. Hazeu dados Ambtenaar voor de beoefening van Indische talen. Ing ngriku panjênênganipun ngadani damêl bausastra basa Gajo. Ing taun 1907 anggêntosi Tuwan Dr C. Snouck Hurgronje jumênêng Adviseur voor Inlandsche Zaken. Ing taun 1912 jumênêng Directeur Onderwijs. Ing taun 1913 ngrangkêp adviseur ngantos sataun. Sarêng wêkasaning taun 1914 dumugi 1916 tindak pêrlop dhatêng nagari Walandi. Sawangsulipun saking pêrlop jumênêng Adviseur malih, saha sarêng ing taun 1917 angsal sêsêbutan Regeerings-Commissaris voor Inlandsche en Arabische Zaken.

Kala punika wiwit majêngipun pakêmpalan pribumi punapa malih S.I. tumrap panjênênganipun Tuwan Dr. Hazeu padamêlanipun awrat sangêt.

Sarêng ing taun 1919 panjênênganipun kondur dhatêng nagari Walandi, dados guru agêng wontên ing Leiden anggêntosi Prof Jonker.

Sakonduripun dhatêng nagari Walandi panjênênganipun tansah gêrahên, malah nate kawartosakên badhe wangsul dhatêng Indhonesiah malih.

Wusana lajêng wontên pawartos, bilih panjênênganipun seda wontên ing Wassenaar jalaran saking gêrah sampun dangu.

Sedanipun paduka Prof. Dr. G.A.J. Hazeu saèstu adamêl tuwuhing raosipun akathah, sami abela sungkawa.

Botên langkung Kajawèn andhèrèk mêmuji, mugi rohipun sang minulya wau tinampèna sowanipun wontên pangayunaning Pangeran.

--- 1547 ---

Jagading Wanita

Trajutrêsna (Wulang Putri)

[Asmaradana]

kasmaran wanita Jawi / jaman kamajuan mangkya / rêbut sorot suprabane / kêni kinarya upama / soroting sasadara / nyunari jagading kakung / anèng antara umimba //

kadi katêmbèn puniki / ing udyana kalawarta / Kajawèn manjarwakake / wilotama kang sambada / tamat pruhitanira / madyèng pawiyatan luhur / umarah majaning praja //

wus bêgjane kang anulis / mêningi mêne wus tuwa / tiwas tuwas tanpa gawe / mêngku wanita wong kuna / tan bisa basa Wlônda / basa Jawa durung rampung / karême mung nosoh bêras //

tani tanapi agêmi / gêgamane yèn tuk duka / nalôngsa srah batharane / mangimur amanohara / angiranglir. pendah karuna / karênan mring rabinipun / jatining momonganira //

têmbung momong mono yakti / tangèh lamun nandhingana / ring ardèng raka karsane / dêstun amung mamèt prana / mrênahkên prayogyanya / ing satindak bangun turut / tyas ngemba Wara Sumbadra //

bènèh lawan cara Wlandi / mangrèh murba amisesa / ring priya sakaprabone / nèng wisma praptaning praja / umanjing madêg nata / kadya carita ing dangu / Majapait prabu kênya //

marma wêling ulun nini / putra kula kang nèng praja / marsudi basa salire / karawitan myang petungan / manut gagraging jaman / rèhne ta andungkap sampun / putus anampi dhiplomah //

mêne ulun manti-manti / aja ngagêm cara Wlônda / pan iku dudu warise / warismu ya cara Jawa / susila anoraga / anggêr ugêring Matarum / tinitah dadi wanita //

karubyuk kabotan tapih / nadyan ta busana Wlônda / iku mau bêbasane / ulun tan wani pasaja / tuladhane wus cêtha / masa dadaka sirèku / kabênum dadi wadana //

basaknea sira nini / upamane ibunira / dadya wadana yaktine / ulun bangêt kacipuhan / lamun ana brongtakan / utawa anyêpêng pandung / tamtu ulun mêgêng napas //

dadi upas sun têmahi / samono mau yèn kêna / nanging wibinta karsane / yakti ulun pinrih nrima / nèng wisma madêg nata / dadi rahadèn tumênggung / ugungan supe prasêtya //

ayakne ulun nyakikik / bêbasan ngluwari ujar / lah iku apa ribêde / prosès pêrbal nora kalal / ondêrsuk pandung gagal / gul-agule mundhut pêthuk / tabêt tyase tarataban //

marmane putranta nini / enak mukti momong putra / madanani pawongane / nèng wisma ngolah salira / lalar burat tanaka / pambirat ruwêting kakung / kang kinungkung paprentahan //

tumraping busana adi / prayoga sajak Ngayoja / barès kurès dhêdhasare / kêna uga cara Sala / iku lamun sambada / mung bènèh sêngkang mung sungu / lit panunggule sajuga //

aja asangsangan sèntir / wiron lit culna kewala / japitan iku watake / yèn atindak kurang sajak / jêr-pijêr amêkak /Kurang satu suku kata: pijêr-pijêr amêkak. pinêksa miyak nyampingmu / saru dinulu ing tingal //

lêwih sêngit mingit-mingit / yèn ramanta [ra...]

--- 1548 ---

[...manta] myat wanodya / sajak Bandhung gêm-agême / tur nyatane dudu Sundha / mung kagawa busana / iku nora pati patut / patut reclamene tita //

nahên ta ulun papuji / benjang lamun palakrama / antuka trah danawareh / nora sugih brana arta / nanging tyase pasaja / sujana asawang sêmu / sênêning satuhu trêsna //

pama sira nimbok nini / kêtrucut garwamu tuwa / aja mutung age-age / beda nora sapiraa / trêsnane datan lômba / têmbe kêtrima putramu / kuwat amêngkoni bawat //

dene yèn sira ngladèni / priya mindha Dananjaya / jaman mangko wis jamake / prayoga sira taria / mundhut ampil kewala / pilihên tujuning tyasmu / wit sira ingkang kuwasa //

aja dadak madal sumbi / sumbagane mundhak sirna / katarik wus dhêdhasare / karêm ing rèh kaprawiran / ngrurah pupur lamatan / trapsila sira dèn gupuh / musthi èsthi astha brata //

waspadakna sira nini / pangapêsane garwanta / simpênên jro pêthi jêne / lurubana sutra sapta / abra mubyar rinêngga / têmbe ginawe têtunggul / gulangên trah saptarêngga //

sampat ingkang wulang putri / katrap ing jro traju trêsna / môngka cundhuk palarise / sanityasa tyas mêminta / aksamèng pra nupiksa / kang kolot agalap gangsul / kulita basa ngrèh praja //

jêjêg santosaning adil / tumraping jalu wanita / tarlèn saabiprayane / Jawa Wlônda tar prabeda / mot mêngku mangaksama / sumawana trêsnanipun / sapucuk kanaka krêsna //

itih kang kata tiniti / ardi Sumbing dwi dasastha / arsa Anggara Kasihe / candrasa Oktobêr surya / sèwu dhomas angkanya / warsa satus sanga likur / katandhan Dêmang Ngurawan //§ wulang kang kadi puniki / andhêdhasari dhadhakan / pra priya atine gêdhe / kêni mung môngka upama / lamun rinasa dawa / atêgês dhapur panglulu / mêmiringi para mudha // Red.

[Grafik]

Tamu saking Sumatra

Ing sisih punika gambaripun têngku-têngku saking Sumatra ingkang badhe anjajah tanah Jawi, kados ingkang sampun nate kawartosakên ing Kajawèn ôngka 96. Saking kiwa manêngên: Têngku Agêng Amarudin, Anwar, Otoman, Tuwan Beck, lan Saibun.

--- 1549 ---

Panglipur Manah

Ajining Biyung

Sambêtipun Kajawèn nomêr 97.

Biyung kula sapunika sawêg sakit, mlarat sangêt botên bôndha botên dhuwit, ing gêsange prasasat mung kandhang langit, manah kula ngantos kados dipun garit.

Karo mèsêm sang prabu ngandika alon: saikine wêruha kowe cah wadon, mungguh uwong kang ana ngarêpmu katon, ya ratumu kang dadi wakiling Manon.

Ênya iki dhuwit dhuwit êmas tampanana, ulungêna aku tak ngombe sadhela, saulihmu biyungmu rak bungah lêga, jênêng olèh kadonyan kang ora kira.

Bocah wadon mangsuli lan dhêlog-dhêlog: nanging biyung dèrèng tamtu bingah notog, sanadyan ta tampi arta mas sasosog, taksih sêgêr ngombe toya cêgog-cêgog.

Mila kula botên badhe kela-kèlu, cipta kula ing rintên kalihan dalu, botên kêndhat namung badhe amituhu, angluhurakên biyung sanginggiling ratu.

Sanalika sang prabu kraos ing galih, ngrumaosi yèn kaluhurane kêndhih, ingatasing wong mlarat pangawak ringkih, utamane ketok yèn kêluwih-luwih.

Sang aprabu nuli nabda lan gumujêng: wis ta ayo muliha aku tak barêng, awit aku ing ati karasa dêrêng, arêp wêruh biyungmu yèn Allah parêng.

Nuli mlaku cah wadon sêmu kêsusu, sang prabu tut wingking sasat lumayu, satêkaning ngomah cah wadon angguyu, amarani biyunge karo calathu:

Gilo biyung anggonku ngangsu wis olèh, dang ombenên kêna kanggo tômba ngêleh, wise ngono biyunge dirangkul sarèh, diambungi karo isih lèyèh-lèyèh.

Dhèk samana sang prabu ing galih trênyuh, dene ana katrêsnan abangêt kukuh, nuli alon angandika aruh-aruh, lan prasaja yèn gustine ingkang rawuh.

Sabanjure sang prabu pratela cêtha, sakabèhe tanpa èwêd aprasaja, sanalika kang lara bangêt ing gita, nuli akon banyune dicaosêna.

Ing saiki sang prabu ing galih bingah, nanging uwis ilang mari ngangah-angah, nuli dhawuh abangêt paring panrimah, lan têmbene sang parbu angganjar kathah.

Ing wos-wose dongèng kang mangkene kiye, ora liya iya mung anggambarake, katrêsnaning anak mênyang biyunge, lan nyêthakke piwêlèh nyang sapa bae.

--- 1550 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Dhasar lan Ajar

Sambêtipun Kajawèn nomêr 97

Garèng : Wis, Truk, saiki caritakna dalane supaya bisa mêruhi cacade dhewe kang ôngka têlu.

Petruk : Dene dalane kang ôngka têlu sarana ngrungok-ngrungokake ing ucape satrumu.

Garèng : Wèh, lha, saya nglêmpara. Nèk dikon ngrungok-ngrungokake pangucape mungsuhe, kuwi rak prasasat dikon nyobat karo kirun wa nakirun, lha, a... pa... ku... wat, sanadyan kuwata, têmtune badane iya mênggik-mênthol bae, awit para dèn ngantèn dèn ngantèn, têmtune ya krasan bangêt anggone padha ngèngèr nyang aku, yaiku: dèn ngantèn taibasu (t.b.c) utawa dèn ngantèn cêkèk (tering). Le ora mèmpêr, ana wong kok dikon ngrungok-ngrungokake calathune satrune. Aku wis tau mlaku liwat ing tritikane satruku Si Suta. Dilalah mak slênthing aku krungu omonge Si Suta karo kancane lêlungguhan mangkene: Wah, kang, kula niki nèk kalih Mas Ngantène Nala Garèng, gih dikapak-kapakna nika, cêkake êmpun botên cocog mawon. Lha pripun ta, nèk ontên kancane sing brêgas, napa malih sugih, niku atine panas, ning nèk ontên kancane mlarat, botên duwe napa-napa, banjur nyêngès, wadhuh, Truk, kalane aku ngrungu pangucape satruku Si Suta mêngkono mau, saking anggonku ngêngkên nêpsuku, kurang sasêtrip bae pêdhot napasku.

[Grafik]

Petruk : Kang Garèng, bok aja kêbangêtên anggone nuruti karêp eblis, nanging tansah ngèlingana piwulanging agama: wong urip padha bisa amêpêr ing pamuring-muringe, lan padha awèha pangapura ing sapadhaning manusa, malah Kangjêng Nabi Isa s.a.w. dhewe, ngandikakake: yèn ditabok pipimu kiwa, pipimu têngên wènèhna.

Garèng : Truk, aku ngandêl, yèn piwulang kiyi utama bangêt, nèk rumasaku ya tunggal sèh bae, karo piwulange para sêpuh sing muni mangkene: sapa kang nrima, dhuwur wêkasane, utawa: sabar iku pambukaning lawang swarga. Kabèh kiyi ya pancèn piwulang sing plêng-plêngan, ning nèk panêmuku tumrape

--- 1551 ---

jaman saiki, sing kêna diarani jaman mata dhuwitên lan jaman mênang-mênangan, piwulang kabèh mau kok wis ora pati mathuk. Upamane bae: sêdyane arêp golèk phulus, tumandange ora cekat-cèkêt kanthi trêngginas, nanging narima lan sabar, disambi glenggang-glènggèng: dhangdhanggula utawa sinom parijatha, batine: alon-alon anggêre klakon, kiraku uripe sida kalakon nyangking têkên lan bathok têmênan. Mangkono uga yèn aku nganti ditabok pipiku kiwa, kok pipiku têngên banjur tak dhèngake, têmtune nèk jaman saiki sing nabok mau, ora kok banjur lèrèn sabab banjur kèlingan kêbrangasaning atine, nanging bokmanawa malah kêbungahên, le nabok pipi têngên ora cukup mung sapisan bae, nanging malah nganggo sèri: plak, plak, plak. Mulane nak panêmuku, kabèh piwulang kuwi pancèn ya apik, nanging anggone nindakake ya kudu angon jaman. Narima lan sabar kuwi pancèn wis dadi wajibing wong urip, nanging ya aja nganti kêladuk, awit wusanane mundhak dadi klenanganing liyan. Malah nèk aku sing tak anggêp bêcik: nèk diantêm krama ing liyan, kudu malês ngantêm wilêm dibarêngi jakob pisan.

Petruk : We, lha, kiyi rak caturaning wong sing ngajak ora omah. Wis, wis, bab kiyi padha dipunggêl samene bae, nèk dibanjurake mundhak gèsèh ing panêmu bae. Saiki tak nêrangake omongku ing ngarêp, ing bab kudu ngrungok-ngrungokake ucape satrumu. Sanyatane satrumu kuwi wis mêsthi luwih rêsik, lan luwih pratitis anggone naliti ing cacadmu. Jalaran wawasaning mitramu mungguhing tindak lakumu kuwi trêkadhang isih kaworan asih, beda karo wawasaning satrumu kang isih gêthing nyang kowe, sauga nacad nyang kowe, nêmtokake kêna kok anggêp bênêre, sarta kêna banjur kok anggêp sawijining pêpeling utawa piwulang bêcik.

Garèng : Hêm, kiraku Petruk kiyi arêp dadi majênun. Ana pangala-alane satru, kok kudu dianggêp kayadene pêpeling utawa piwulang bêcik. Ing môngka nèk jênêng mungsuh kuwi sênêngane ya golèk alaning kalakuwanamu, kaya ta unine satruku Si Suta ing ngarêp, jare aku panas karo wong sugih lan ngece mênyang wong mlarat, kuwi rak: mempeowak.

Petruk : Aja giri-giri kowe banjur ora ambênêrake pangucaping satrumu, awit paribasane ana, yaiku: yèn ana kukuse ya ana gênine. Nanging calathune mungsuhmu sing ngênani awakmu mau, banjur cocogna karo kahanane badanmu, mêngko kowe rak bisa ngalap pigunane kang gêdhe, awit kowe banjur bisa nômpa kayadene pitutur.

Garèng : Wayah, Petruk kiyi saiki sajake dadi propagandhise Malaekat Jabarail. Mara saiki caritakna dalane supaya bisa sumurup cacade dhewe kang pungkasan dhewe, yaiku kang ôngka papat.

Petruk : Anggone naliti ing alane awake mau, yèn sêsrawungan karo umuming manungsa, kudu anyawang ing saparipolahe, banjur katandhing-tandhinga karo solah-bawane dhewe, sadhengah tindak sing dilakoni manusa umum,

--- 1552 ---

kok anggêp ala, yèn kok lakoni iya ala. Lan apa sing arêp kok tindakake kudu nganggo têpa-têpa, awit bêbasane: yèn kowe kataman ing tanduk saka liyan, karasa ora sênêng, kowe iya aja sok nandukake ing tanduk mau mênyang wong liya. Wis, Rèng, rêmbug kiyi padha dicuthêl samene bae. Ing sarèhning dina sesuk kiyi aku kudu lunga mênyang Magêlang prêlu anjênêngi pamulangan calon priyayi, mèngêti umure wis sèkêt taun, mulane aku arêp pamit nyang kowe, muga-muga ana ing dalan paringana slamêt aja kurang sawji apa.

Garèng : We, Truk, apa kowe klêbu ngêbuk ta, kok arêp têka barang. O, iya dhing aku lali, kowe uga tilas murid balêstêr, sanadyan durung nganti tutug wis diaturi kondur. Wêlingku, Truk, poma sing ngati-ati, nyang kana kowe bakal kumpul dara-dara priyayi gêdhêm-gêdhêm, pêthenthang-pêthènthèngmu kuwi rada kok owahana. Sing andhap-asor.

Petruk : Bab kiyi mêsthi bakal tak ati-ati bangêt, apa ngilang-ilangake le dadi anake rama, awit sanyatane sing dadi buktine yèn priyayi utawa anak turuning priayayi, kuwi dudu dhuwuring pangkate utawa kasugihane, nanging alusing bêbudène lan andhap-asore, ewadene nèk dak aji-aji utawa dak andhap-asori, kok tidhak mau tau sêbêlah mata, mêsthine iya banjur tak êpringake, ta. Wis Rèng, kèri slamêt, aku isih arêp tata-tata barang. Saka Magêlang besuk tak kirimi pêrslahe.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat Kabar Sanès

Pabrik gêndhis ing Ngêlon, Jawi wetan, mêntas wontên ampas kêbêsmi ngantos 11.400 bal. Kapitunan katanggêlakên asuransi.

Kala tanggal kaping 3 wulan punika lampahipun sêpur kilat saking Batawi dhatêng Surabaya nalika nglangkungi Karanganyar sakêdhik, kêprêgok maesa têtiga têrus katlindês, ingkang kalih ajur, satunggalipun mancêlat kêcêbur lèpèn.

Kathah tiyang ingkang dèrèng mangrêtos dhatêng pêpetanganing paos ingkang kapêndhêt saking lotre. Mênggah têrangipun makatên: gunggunging arta f 2.000.000.- punika ingkang 50% kangge ambayari pamênang, ingkang 20% kangge paos, 30% malih kangge pakêmpalan-pakêmpalan ingkang angsal panduman, sasampunipun dipun cêngklok kangge waragad administrasi. Dados tiyang ingkang angsal pamênang nampèni jangkêp, beda kalihan sêtat lotre ing nagari Walandi, paosipun kapêndhêtakên saking pamênang.

Kawartosakên, Tuwan Sakri tilas wadana ing Ciawi, Bogor, miturut karampungan landrad ing Bogor, kaukum 2 taun, prakawis salingkuh. Nanging dèrèng ngantos anglampahi paukuman sampun ngajal. Tuwan Sakri wau anggènipun anglampahi pakaryan praja sampun dangu, sakawit nyambut damêl dados punggawa S.S. dados upas kumêndhan ing Sênèn. Minggah dados pambantu, lajêng mantri pulisi, ajung jaksa, asistèn wadana wêkasan wadana ing Ciawi. Saupami botên kenging prakawis, sampun mèh pènsiun. Kalampahan punika kenging kangge pêpèngêtan dhatêng para mudha.

Miturut programah, wiwit tanggal 9 dumugi 12 wulan punika, Osvia ing Magêlang damêl pahargyan adêging pamulangan sampun 50 taun, kajawi dipun wontênakên pistaning para murid tuwin tilas murid, guru-guru tuwin para tamu, ugi mawi darmawisata dhatêng Barabudhur, dipun iring wêwakiling pakaryan barang kina.

--- 1553 ---

Ing salêbêtipun wulan Oktobêr kêpêngkêr K.N.I.L.M. ambêkta tiyang numpak 1010, petanganipun: Batawi dhatêng Bandhung 331, Bandhung dhatêng Batawi 372, Batawi dhatêng Sêmarang 73, Sêmarang dhatêng Batawi 72, Batawi dhatêng Palembang wongsal-wangsul 53. Anggêgana sanginggiling kitha 109. Kajawi punika ambêkta momotan 7256 kg. tuwin pos 215 kg isi sêrat 15.000 langkung.

[Grafik]

Nginggil punika gambaripun Rajah Sir Annamalai Chettiar warga saking Council of States of Delhi bôngsa Hindhu ingkang anjajah dhatêng Indhonesiah, ingkang misuwur sugih sangêt.

Wontên pawartos saking Sukabumi. Têtiyang kathah sami amêbêdhag sima saha kakêpung wontên ing rêdi Parang. Sasampuning pinanggih sima wau kasanjata, nanging taksih sagêd angrangsang dhatêng satunggiling tiyang ingkang sampun sêpuh ngantos gulêtan, nanging rahayu tiyang wau wilujêng, saha sima sagêd pêjah. Sima wau panjangipun saking sirah dumugi buntut 1.70 m. lan kintên-kintên ngumur 15 taun.

Nalika dintên Salasa, angrintênakên dintên Rêbo 27/11-'29 kintên jam 2 dalu, panjênênganipun ingkang bupati ing Prabalingga seda. (N).

Nalika tanggal 27/11-'29 ing sawênèhing dhusun bawah kaondêran Pakis (Tumpang) wontên tiyang sagriya sami sakit sêsarêngan. Rèhning priyantun ingkang wajib sangêt nyujanani bokbilih têtiyang wau kataman sêsakit ingkang nular saha mutawatosi, pramila sadaya nuntên kakintunakên dhatêng dhoktêr, papriksan ingkang sah dèrèng angsal kabar. (N).

Kawartosakên, bab pasulayan rêmbag ing gêmintê Batawi, ing sapunika sampun têntrêm, para warga tiyang siti tamtu badhe wangsul malih.

Kawartosakên ingkang angsal pamênang lotre Indisch Bronbeek f 150.000.- Tuwan Yap Hing Tjiang ing Têmanggung.

Miturut palapuran saking Asistèn Residhèn Purwakêrta, kathah tindak-tindak botên prayogi ingkang pinanggih ing dhepo, kuli kontrakan, Adek ing bawah Banyumas. Ing sapunika arbèt insêpèksi nindakakên pangrèh praja mariksa bab punika, punapa malih prakawis dhatêng Tuwan Balloni, ingkang nyêpêng dhepo, Adek ing Purwakêrta.

Kala tanggal kaping 23 Nopèmbêr, ing kabupatèn Brêbês ngawontênakên wiwahan jumênêngipun ingkang bupati enggal. Dalunipun mawi rêsèpsi salajêngngipun dhansah tuwin nayuban. Dalunipun malih nglajêngakên nayuban tumrap para priyantun ingkang dèrèng nayuban.

Pintên-pintên dasa têtiyang ing dhusun Grinting, dhistrik Tanjung sami kêkirangan têdha, amargi sampun botên gadhah rimatan pantun utawi palawija. Pangupajiwa ing sagantên utawi kêbon botên sapintêna kathahipun.

Kala malêm Sabtu tanggal 22/23 Nopèmbêr, Ki Hajar Dewantara mêdhar sabda wontên ing pamulangan Taman Siswa ing Kêmayoran, Batawi, dipun jênêngi ing golongan guru, kajawi punika wontên malih Tuwan Meyer Ranneft, pangarsa rad kawula, Tuwan van Dijk insêpèktur pamulangan Mulo Tuwan van der Plas saking kantor Inl. Zaken, Mr. Kluyver, saking dhepartêmèn pangajaran, Radèn Adipati Harya Suyana tuwin Radèn Mas Adipati Otaya.

Dr. Radèn Mas Marwata Mangkuwinata, katêtêpakên dados inspèktur D.V.G. manggèn ing Sumatra kidul.

Kawartosakên ing Surabaya bêntèr sangêt, jalaran sampun dangu botên wontên jawah, makatên ugi ing Tulungagung. Têtanêman kathah ingkang pêjah.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 3674 ing Jêruk (Bayalali), arta f 1.50 ingkang kakintun kaping 13/8-'29 punika miturut sêratan panjênêngan ing sawingkinging sêtruk pos wisêl, kangge ambayar lêngganan nomêr 1862 (M. Adj. Natasudira ing panyadean candu Srandhakan Brosot) dados botên kangge sadhèrèk Siswasudira no. 2681. inggih punapa botên.

Lêngganan nomêr 1209 ing Babat. f 3.- punika tumrap kuwartal 3 lan 4 punika.

--- 1554 ---

Wêwaosan

Sirwenda lan Danurwenda

Anggitanipun Muhamat Dohiri

14

[Dhandhanggula]

pirabara Pasantênan benjing / nora karèh ing praja Mataram / bisaa rêraton dhewe / lah sintên tiyangipun / ingkang botên kêpengin dadi / narendra mangrèh praja / mêngku rat sawêgung / benjang kinarya warisan / anak putu supadi nora kasimpir / anggambuh têmah wirya //

Gambuh

angandika sang wiku / lah ta anggèr paran kang kinayun / de paduka kapidêrêng nêdya balik / punapa paduka limut / pasihaning nara katong //

ingkang dhihin pukulun / apan inggih kinadang sang prabu / pinèt ipe utawi langkung kinasih / dene kaping kalihipun / tinêtêpkên adipatos //

lan kaping tiganipun / sapunika paduka sinêpuh / pantêsipun kenginga tinari-tari / dening putranta sinuhun / Sultan Agung kang samêngko //

punapa kang binuru / sinantana dening ratu agung / têka dadak paduka kadêrêng melik / mulat tyas kang datan ayu / yuwanane nora mêlok //

sang dipati umatur / marmanipun amba dêrêng ayun / umadêga ing nagri amba pribadi / jêr mangke wêwênang ulun / sinuda dening sang katong //

duk kalane rumuhun / pinaringan jajahan kang agung / parandene samangke dipun êlongi / lah punika sababipun / mila amba kêdah mogok //

lumuh karèh Matarum / lah punapa inggih prêlunipun / nadyan amba angrok bôndawalapati / kadugi tan badhe mundur / pêjah tan mingkêd saking gon //

sang wiku ngandika rum / yèn makatên anggèr kang kinayun / lah sakarsa pun bapa dahat tan bangkit / mambêngi karsa pukulun / jêr ing tyas sampun gumolong //

atur kula duk wau / lugu botên nêdya ngawu-awu / amung saking kabêkta trêsna kêpati / mring anggèr kalangkung-langkung / rumaos tan wignya pêdhot //

nanging watawis ulun / kados-kados awrat sangganipun / wit Mataram kalokèng rat tanah Jawi / kinèringan satru mungsuh / kêkah luhuring kaprabon //

paran bisane unggul / Pasantênan tan mirib Matarum / ratu agung sudibya sura sinêkti / kakasihipun Hyang Agung / trahing maratapa kaot //

rat tanah Jawa kêmput / sami sumiwi dhatêng Matarum / ambathara anggêpe mring narapati / pinisuka kinalulut / tinut satuduhing katong //

pinrêp dana marta yu / ajrih asih ing pangidhêpipun / dhasar nata ambêk wiyar lir jaladri / amot ala bêcik mêngku / lêgawa lila ing batos //

lawan malih pukulun / ing Mataram kathah prawira nung / kang kinarya agul-aguling prajurit / môngka pangajênging pupuh / dene Pasantênan mêngko //

tan ana prawira nung / kang kinarya andêling prang pupuh / nuju ana parandene dèn patèni / patine tan darbe luput / nanging kasaput kanêpson //

môngka watawis ulun / Danurwenda Sirwenda katêlu / Juru Taman kêni kinarya prajurit / kacihna prawiranipun / têguh prang digdaya tanggon //

parandene linampus / lah puniku anggèr langkung luput / têka nora pinikir langkung rumiyin / kadêrêng kaburu nêpsu / samangke anggèr kêtutoh //

upami duk rumuhun / katri pisan tan klakon linampus / bokmanawi kêni pinèt ingkang kardi / ingajak labuh prang pupuh / wuwuh santosa kinaot //

punapa kang rinêmbug / anggêtuni barang kang kabanjur / bêbasane madu balung tanpa isi / pun bapa sumanggèng kayun / sakarsa paduka kono //

nanging ta pêksa tutur / rèhning tuwa tuwase mung catur / bok lumuntur lantarane unggul jurit / jêr angèl amagut pupuh / nora anggêr bae klakon //

yèn paduka saèstu / datan arsa sumiwi sang prabu / ing wêweka kêdah dipun sampekani / dadi nora malang tanggung / ing tekad satêmah mogol //

dene wêwekanipun / dhihin karya mrih sudirèng pupuh / ingkang môngka agul-aguling ajurit / tanapi pra wadyanipun / ingulig dimène atos //

ingunggara tyasipun / kang supadi agêng manahipun / miwah mantêp têtêp sêtya labuh nagri / dadi bisa kukuh bakuh / kuwat nanggulang prang pupoh //

utawi malihipun / rèhning mungsuh dudu tandhingipun / kalah gêdhe kalah santosaning nagri / marma ayya grusa-grusu / kadêrêng kudu rêrêmpon //

yogya sarantèng kalbu / ing pambudi kinarya kang atul / ngèngêtana prajanta samangke kaki / lagya kataman bêbêndu / dêdukanira Hyang Manon //

tinurunan pagêblug / larang pangan akèh janma lampus / dadya lamum pinêksa amagut jurit / tangèh lamun bisa unggul / tan wande tamtu malothot //

mênèk wadyanta sampun / purna pulih kadi waunipun / nêmbe kêni ingajak amangun jurit / samantêna dèrèng mungguh / karantêne maksih abot //

yogya paduka ngirup / Pasantênan kanan keringipun / pamrihipun santosa wadyanta kaki / nanging kudu ingkang alus / nora kajodheran ing wong //

lamun kapirsan tamtu / têmah dadi tuwuh dukanipun / datan wande enggal ginêpuk ing jurit / tan wun dadi rêmak-rêmpu / sanggane sayêkti abot //

lawan malih pukulun / yogya karya biting ingkang kukuh / kang kinarya nanggulang têmpuhing jurit / kinubênga jaro kukuh / jagange kinarya jêro // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 101, 16 Rêjêb Taun Ehe 1860, 18 Dhesèmbêr 1929, Taun IV

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1587] ---

Ôngka 101, 16 Rêjêb Taun Ehe 1860, 18 Dhesèmbêr 1929, Taun IV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Pasisir Sumatra lèr wetan

[Grafik]

Ing laladan pasisir Sumatra lèr wetan punika pasitènipun andhap, tumindaking pangagêng manawi papriksa bawah ngangge baita motor, kados ing gambar.

--- 1588 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja, Ind. Arts ing Kudus

Sêsakit diphtherie (diphtheritis)

Sêsakit punika sêsakit ing gorokan utawi lak-lakanipun tiyang. Ingkang katrajang limrahipun lare lan bayi ingkang taksih umur wulanan, nanging lare ingkang diwasa utawi tiyang sêpuh ugi asring kenging sêsakit wau.

Sêsakit punika sangêt kêras lan gampil nularipun, mila sagêd dados epidemisch. Ing pundi-pundi panggenan ingkang wontên sêsakit wau, sanak sadhèrèkipun ingkang sakit utawi dhoktêr ingkang mriksa utawi anjampèni kêdah lapur dhatêng pangagêng pulisi kadosdene prantan sêsakit nular (cacar, kolerah, tipês lan sanès-sanèsipun) kalêbêt ing pranatan epidemie ordonnantie.

Ingkang manggihakên wijinipun sêsakit basil diphtherie Dr. Laffler. Sagêdipun nular, jalaran ingkang sakit watuk, wahing utawi wicantên, basilipun katut rêrêgêd riyak, idu utawi sanèsipun, mêdal saking cangkêm lumêbêt dhatêng tiyang saras ingkang cakêt.

Tiyang ingkang sampun nate kenging sêsakit punika adat botên katrajang malih (kalis).

Incubatietijdperk-ipun kalih dintên dumugi saminggu, sakawit ingkang sakit bêntèr, sirah ngêlu, badan lêmês, botên ajêng utawi botên kêpengin nêdha. Manawi gorokanipun kangge ngêlêg, karaos sakit sangêt, trêkadhang mawi nuntak. Ing lak-lakan dagingipun kêndhangan (slijmvlies) katingal abrit ambranang mawi plêtik-plêtik utawi blêntong-blêntong pêthak, klanjêring idu ing lak-lakan (amandel) lan saubêngipun abrit abuh, ilat garing lan rêgêd pêthak, ing ngandhap uwang sami mrongkol nglanjêr (klierzwelling). Ingkang blêntong-blêntong pêthak sagêd dados êmblèg-êmlègan. Sasampunipun 3-5 dintên lajêng sagêd mrèmèn dhatêng nglêbêt irung, nglêbêt gorokan (strottenhoofd) lan ing cangkêm. Manawi ingkang katrajang bayi ingkang taksih nêsêp, ngalang-alangi salêbêting irung, dados cangkêm kêdah mênga kangge ambêgan, lajêng botên purun nêsêp, amargi manawi ambêgan kangelan, asring ngêdalakên umbêl lan nanah rêrêgêd kamoran êrah sakêdhik (diphtherie membraan) saking irung swaranipun ingkang sakit, glêrêg-glêrêg utawi ical, watuk, ambêgan sêsêg cêkak, saking katêbihan kamirêngan ringik-ringik kadosdene tiyang ingkang sakit mêngi sawêg kumat sangêt punika. Yèn sakitipun tansah majêng, ambêganipun ingkang sakit saya rêkaos, mripat mlolo, swara ical, ingkang sakit katawis rêkaos, pucêt, botên sagêd kèndêl, tansah glebagan kemawon, ambêganipun kados pêdhot-pêdhota, amargi ing gorokan katutupan utawi kaalang-alangan daging kêndhangan (slijmvlies) ingkang abuh utawi rêrêgêd ingkang botên sagêd mêdal, wêkasan [wêkasa...]

--- 1589 ---

[...n] ingkang sakit pêjah. Ing wêkdal samantên manawi rêrêgêd sagêd mêdal (afstooten) trêkadhang sagêd dados ènthèng lajêng saras, utawi kabujêng dipun operatie (ing gurung sangandhapipun kalamênjing) dipun bolongi supados hawa sagêd kasêrot lumêbêt kangge ambêgan, punika sagêd katulungan lajêng ambêgan lêga, saras, ananging manawi slijmvlies (utawi daging kêndhangan) gurung ingkang katrajang sampun lêbêt, sangandhapipun bolongan operatie wau inggih tanpa guna, amargi ambêgan taksih botên sagêd.

Asring ingkang sakit sampun sangêt, ambêgan mèh pêdhot, dipun operatie lajêng ingkang sakit katingal mayar ènthèng, ananging salêbêtipun kalih dintên mêksa tiwas, punika jalaranipun sampun kasèp, sanajan sampun kasuntik serum diphtherie.

Sêsakit diphtherie asring mawi (complicatie) sêsarêngan sêsakit ginjêl (nier) sakit jantung, lêmês urat-urat lan sèmpèr sukunipun (verlamming) sagêd ugi kuping katularan saking lak-lakan lajêng dados sakit kuping, wêkasan ingkang sakit sagêd budhêg.

Manawi sêsakitipun diphtherie kêras, ingkang sakit katawis lêmês lêngêr-lêngêr, nuntak rambah-rambah, kulitipun pucêt, dipun grayang tangan suku asrêp, pols alit (weeke pols), klanjêr ing sangandhapipun wang kathah lan agêng, slijmvlies (daging kêndhangan) ing nglêbêt irung, cangkêm êmblèg-êmblegan, cangkêm mambêt bangêr, trêkadhang ingkang sangêt sakitipun, namung katingal pucêt sangêt lan klanjêr katawis mrongkol agêng, pols botên ajêg racak (onregelmatig), diphtherie membraan botên sapintêna.

[Grafik]

Griya sakit Prinsês Yuliana ing Ngayogya.

Sêsakit punika tumrap lare umur 5 taun sapangandhap ambêbayani, langkung-langkung bayi ingkang ringkih badanipun kathah ingkang tiwas.

Tôndha-tandhanipun lare ingkang kenging sêsakit diphtherie ènthèng ingkang badhe saras, punika rainipun bingar ambêgan botên sêsêg, idu kathah dleweran.

Sagêdipun nêtêpakên sêsakit wau diphtherie utawi botên, rêrêgêd ing lak-lakan ingkang sakit kêdah dipun priksa mawi microscoop (bacteriologisch onderzoek). (Badhe kasambêtan)

--- 1590 ---

Bab Bêrgêlêkê Sêtan (Burgerlijke Stand) Tumrap Têtiyang Pribumi

Sambêtipun Kajawèn nomêr 100.

Ingkang kapatrapan pranatan punika:

1. Tiyang ingkang gadhah sêsêbutan asal, kajawi manawi sêsêbutan mas. Dados sintên kemawon ingkang gadhah sêsêbutan radèn, radèn mas, arya, tubagus, dhatuk, sapanunggilanipun, ugêripun tiyang wau manggèn ing tanah Jawi sarta sanès mas, têmtu kalêbêtakên pranatan punika. Ananging sêsêbutan wau kêdah kêlimrah ingakathah. Upaminipun, wontên tiyang ngakên gadhah sêsêbutan bathara, punika sarèhning botên kaprah, inggih botên kangge.

Ingkang nêtêpakên punapa satunggiling tiyang gadhah sêsêbutan, punika ingkang bupati, dados manawi Ambtenaar Burgerlijke Stand botên sagêd nêrangakên punapa tiyang gadhah sêsêbutan punapa botên, ingkang kagungan kuwaos kangge nêtêpakên ingkang bupati.

2. Punggawa gupêrmenan ingkang sanès militèr, ingkang balanjanipun f 100.- sawulan utawi langkung, sarta manawi sampun pènsiun.

3. Upsir-upsir militèr ugi sasampunipun pènsiun, dados upami wontên sêrsan Jawi ingkang botên gadhah sêsêbutan utawi sanès Kristên, sanajan balônja f 300.- botên kalêbêt ing pranatan punika.

4. Tiyang pribumi ingkang agami Nasrani utawi Kristên. Dados tiyang Jawi, Mlajêng, Ambon utawi sanès-sanèsipun bangsaning tiyang pribumi, ugêr ngangge agami Kristên, kalêbêt pranatan punika, dados tiyang ingkang agami Islam, Buda, agami kina (animisme) botên kalêbêt.

5. Tiyang pribumi ingkang sampun ngugêmi pangaturanipun Walandi tumrapipun ing prakawis sipil (privaatrecht) punapa dumunung sadaya, punapa namung sawênèhing pranatan. Gampilipun ingkang nama Gelijkgesteld, ingkang botên karèh dening adat têtiyang pribumi (verlaat het adatrecht).

6. Sadaya anak putu sarta turunipun para tiyang kasêbut bab 1 dumugi 5, ingkang turunan saking bapa, dados ingkang turunan saking biyung botên kangge. Ananging upami wontên tiyang jalêr dados tiyang tani gadhah semah radèn ayu, punika anakipun sagêd kalêbêt pranatan punika, sagêd botên. Manawi sasampunipun lair, punika sagêd katêtêpakên dening ingkang bupati ingkang kuwaos, manawi gadhah sêsêbutan radèn, sampun têmtu kalêbêt ing pranatan miturut bab 1.

Manawi wontên tiyang pribumi gadhah anak ingkang kagolong bab 1, 2, 3, 4, 5, utawi 6, punika lajêng kalapurna dhatêng Ambtenaar Burgerlijke Stand, salêbêtipun 10 dintên sasampunipun lair. Kajawi manawi wontên alangan ingkang agêng kenging langkung 10 dintên, nanging botên kenging langkung saking 2 wulan. Ingkang kawajibakên lapur dhatêng Ambtenaar wau, inggih punika: bapakipun bayi ingkang lair punika, manawi bapakipun pinuju kapambêng utawi

--- 1591 ---

kêkesahan, ingkang kawajibakên dhoktêr utawi dhukun, utawi sanèsipun ingkang sumêrêp nalika lairipun. Ingkang lapur kenging jalêr kenging èstri. Palapuran wau kêdah mawi dipun sêksèni dening tiyang jalêr kêkalih sarta umuripun sampun 21 taun. Tiyang tiga punika palapuranipun kêdah sami. Dintênipun lair, jam pintên, siyang punapa dalu, anakipun sintên, nama sintên, sasampunipun lajêng sami nyukani tôndha tangan wontên ing buku kalairan. Manawi tiyang tiga wau sarta Ambtenaar Burgerlijke Stand sampun sami nyukani tôndha tangan, punika namanipun akte kalairan (geboorteakte). Nglapurakên makatên wau botên mawi waragad punapa-punapa, namung manawi badhe nyuwun turunaning akte wau, kêdah ambayar f 0,50 kangge rêgining plak sègêl.

Tiyang ingkang anglapurakên kalairan punika, kêdah anglapurakên pangakênan nama ugi, inggih punika tumrap bapa ingkang dèrèng gadhah nama warga (geslachtsnaam). Sarèhning tiyang pribumi punika prasasat sadaya dèrèng gadhah nama warga ingkang têtêp, pramila sadaya ingkang lapur lair sapisanan, têmtu ugi lapur pangakênan nama. Pangakênan nama wau kacathêt ugi ing buku pangakênan nama. Wiwit dintên pangakênan wau, bapakipun lare ingkang dipun lapurakên kalairanipun, kêdah nama warga punika salajêngipun, sarta botên kenging santun nama malih, kajawi manawi nyuwun dhatêng Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral, ananging wragadipun kathah sangêt, sawêg sègêlipun kemawon rêgi f 250. Ingkang nyukani tôndha tangan wontên ing akte pangakênan nama ugi tiyang tiga wau sarta Ambtenaar Burgerlijke Stand.

Manawi kêpêjahan, tiyang ingkang manggèn ing griya panggenan pêjahipun wau salah satunggal kêdah anglapurakên, nanging kêdah ingkang sampun diwasa. Manawi pêjahipun botên wontên ing griya, kenging katindakakên dening lurah ingkang nguwaosi ing panggenan ngriku. Saksinipun cêkap tiyang satunggal, ingkang jalêr sarta ugi umur 21 taun utawi langkung. Wêkdal kangge anglapurakên ugi salêbêtipun 10 dintên, nanging kenging langkung bilih wontên pambêngan agêng, ugêripun kirang saking 2 wulan.

Para tiyang pribumi ingkang kawajibakên lapur kalairan, kapêjahan dhatêng Ambtenaar Burgerlijke Stand, ingkang botên nêtêpi (overtreden) kapatrapan paukuman dhêndha ngantos f 100.-

Bab pangakênan nama kula badhe mêwahi sakêdhik, kangge para priyantun, dados punggawaning nagari ingkang dèrèng gadhah nama sêpuh, ingkang lajêng gadhah anak, wusananipun badhe santun nama sêpuh kangge Geslachtsnaam, punika botên kenging, kêdah nyuwun idi rumiyin dhatêng tuwan residhèn, sasampunipun kaidenan, sawêg kalapurakên dhatêng Ambtenaar Burgerlijke Stand. Kangge sanèsipun tiyang, ingkang dede punggawa nagari Ambtenaar ugi kêdah ngèngêti punapa nama ingkang dipun akêni pantês punapa botên. Upami wontên tiyang dhusun ingkang asal, lajêng badhe ngakêni nama Purbadiningrat, ingkang têmtu Ambtenaar Burgerlijke Stand ugi botên purun nanggêl, ingkang makatên wau piyambakipun kêdah nyuwun karampunganipun nagari.

--- 1592 ---

Kangge nata saenipun tumindakipun Bêrgêlêkê Sêtan punika, dipun têtêpakên satunggaling Inspecteur, ingkang padamêlanipun sawanci-wanci kesah dhatêng kabupatèn-kabupatèn, prêlu ningali padamêlanipun Ambtenaar Burgerlijke Stand. Sadaya ingkang kapriksa dening Inspecteur wau, dipun lapurakên ing Directeur van Justitie.

A.S.

Bab Têtanêman

Wowohan

Sami-sami asil siti, ingkang sagêd sumrambah lêlintonan saking satunggiling nagari dhatêng nagari sanès namung wowohan. Tumrapipun ing tanah Jawi ing sakawit namung linta-lintu dhatêng nagari ingkang nunggil pulo kemawon, upaminipun pêlêm saking Jawi Wetan kakintunakên mangilèn, rambutan saking Jawi Kilèn kakintunakên mangetan, tumrap Jawi Têngah sagêd kasrambah saking wetan kilèn.

Ing sakawit bôngsa Jawi pananêmipun wit wowohan kenging dipun wastani namung kangge sambèn kemawon, awit dèrèng wontên ingkang nanêm ngantos awarni pakêbonan, nanging dangu-dangu sarêng kathah sêsrawunganipun tuwin angsal panuntun, pundi ingkang nama têtanêman ingkang wohipun sagêd sumrambah inggih lajêng kathah ingkang pananêmipun dados awarni pakêbonan, kados ta kêbon jêram, sawo manila tuwin sanès-sanèsipun. Nanging sarèhning pasitèn punika sampun mêngku kajêng mathukipun kalihan ingkang dipun tanêm, mila botên sagêd waradin sabên nagari sami têtanêmanipun, kados ta ing nagari pêlêm botên mathuk dipun tanêmi rambutan, kosok-wangsulipun ugi makatên.

Dangu-dangu wêdaling wowohan saking tanah Jawi sagêd mêdal dhatêng sajawinipun tanah Jawi, inggih punika pisang dhatêng Ostrali. Kosok-wangsulipun ing tanah Jawi ugi kadhatêngan wowohan saking tanah sabrang, malah manawi dipun timbang sampun dangu sangêt lêbêting wowohan sabrang ingkang dhatêng tanah Jawi, kathah lan warni-warni, botên timbang kalihan wowohan ingkang mêdal, kados ta bangsaning apêl, anggur tuwin sanès-sanèsipun. Mênggahing bôngsa Jawi, panganggêpipun dhatêng wowohan ngamônca wau adi sangêt, awit ing ngriki dèrèng wontên ingkang nguwitakên. Dene wowohan wau manawi ingkang wêdalan Ostrali taksih sêgêr-sêgêr, ugi wontên ingkang sampun dipun cêncêm wontên ing blèg, manawi ingkang asli saking Eropah tuwin Amerikah limrahipun sampun blèg-blègan. Kajawi punika ugi taksih kadhatêngan malih wowohan saking tanah Arab, inggih punika kurma. Kados awis sangêt tiyang ingkang dèrèng sumêrêp kurma, sanadyan kurma punika wowohan ngamônca, nanging jalaran saking sumrambah sangêt tuwin sampun dangu malêbêtipun [malêbê...]

--- 1593 ---

[...tipun] ing tanah Jawi, wah rêginipun mirah, dumuginipun tiyang padhusunan pisan inggih sampun sumêrêp.

Manawi ngèngêti lêbêtipun wowohan ing tanah Jawi kados makatên punika, tanah Jawi pinanggih kontit sangêt, awit dèrèng sagêd malêsi ngintunakên mêdal gêntos.

[Grafik]

Wit kurma ing tanah Arab.

Dangu-dangu bab makatên wau tansah dados panggalihanipun ingkang wajib, wusana lajêng wontên coban-coban ngintunakên wowohan saking tanah Jawi dhatêng Eropah, ingkang sampun nate kakintunakên: sawo manila, nôngka walandi, pêlêm, rambutan, durèn tuwin sanès-sanèsipun. Pinanggihing cobèn-cobèn wau prayogi sangêt, dumuginipun ing ngrika taksih sae saha panyadenipun sagêd anglêgakakên. Tataning panyade tuwin wontênipun tiyang ingkang nyumêrêpi, tumraping sawo manila, kados botên beda kalihan tiyang ngriki manawi sumêrêp apêl.

Dumuginipun sapunika tansah tindak lumintu, lan botên sande tamtu dados padagangan agêng, nanging inggih punika sadaya reka saha patrapipun ngintunakên sami kikrik apik, kados ta milihi ingkang sae, sêpuh, sarana mawi dipun buntêli, kalêbêtakên ing wadhah sae, dipun dèkèk ing kamar asmap. Sampun tamtu kemawon sadaya wau sami dipun tindakakên ing bôngsa ahli.

[Grafik]

Wowohan ingkang badhe kakintunakên dhatêng Eropah.

Mirid kawontênaning wowohan tanah Jawi sampun sagêd sumrambah dhatêng tanah ngamônca, punika nama satunggiling kamajêngan, nanging wontênipun ing sapunika wêdaling wowohan wau taksih pilih-pilih saking panggenan ingkang prayogi, inggih punika saking pamilihipun para ahli, awit prêlu [prê...]

--- 1594 ---

[...lu] pados wowohan ingkang sae, lan ing têmbenipun manawi sagêd sumrambah dipun telad ing têtiyang sanès, têgêsipun sagêd ngupakara murih saening têtanêman, tuwin sagêd angsal tuntunan, tamtu inggih sagêd tumindak makatên.

[Grafik]

Grêbong ingkang kangge ngêwrat wowohan.

Sawarnining kamajêngan, inggih punapa kemawon, punika tansah nênangi dhatêng raosing manahipun tiyang ingkang nêdya nulad gambaranipun pinanggih wontên ing tanah Eropah, kados ta wêdaling wowohan ing Betuwe nagari Walandi, ingkang lajêng dipun olah kadèkèk ing blèg, punika ing samôngsa kemawon ngantos sagêd ngundhuh wowohan ngantos atusan grêbong sêpur. Ing môngsa punika ngantos sagêd ngundhuh saha dipun êwrat ing grêbong ingkang kaping sèwunipun mriksanana gambar.

Bab makatên punika punapa botên andadosakên pêpenginan.

Kawruh Sawatawis

Bab Sulapan

Sambêtipun Kajawèn nomêr 100.

Sulapan ingkang nama elok piyambak, punika ingkang nama siir, punika kacariyos mawi dhêdhasar ngèlmu, anèhing nyulap ngantos angèl ginayuh ing akal, limrahipun ingkang nindakakên sulap kados makatên punika bôngsa Hindhu, saking eloking panyulap, gampilanipun ngantos dipun wastani sagêd malik mripatipun ingkang ningali, kados ta tiyang sagêd mantèk ilat, tiyang sagêd ngêndhêg lampahing oto, tiyang sagêd manggèn wontên salêbêting latu, tiyang sagêd ngêrèh sawêr, malah ing Bêrlin mêntas wontên pakir bôngsa Hindhu sagêd nyulap ngêdalakên toya saking èpèk-èpèk manthêr tanpa kèndêl, kados ing gambar. Sintên tiyangipun ingkang botên malêngak nyumêrêpi têtingalan ingkang kados makatên punika.

Nanging mugi sampun nuwuhakên kêlintu sêrêping pamanggih, lêrês kawontênan ingkang kados makatên wau anggumunakên, nanging tumrapipun dhatêng tiyang sanès botên andayani punapa-punapa, dados sampun ngantos tiyang lajêng gadhah panganggêp, bilih tiyang ingkang kados makatên punika kenging dipun têdhani brêkah, sagêd nyukani donya brana tuwin sanès-sanèsipun, awit saupami tiyang ngantos kapilut dening tiyang ingkang kados makatên punika, angèl [a...]

--- 1595 ---

[...ngèl] sangêt èngêtipun, sanadyan sagêda èngêt, inggih dangu, tur tamtu sampun nandhang pituna agêng.

Pancèn wajibing tiyang punika botên kenging ngrèmèhakên dhatêng kawruhing liyan, nanging ugi botên kenging lajêng gêga-gêganên, awit ngakal budi punika salaminipun tansah tumindak sampurna, dados saupami ngakal budi dipun tindakakên ing damêl, kintên-kintên sagêd adamêl mênganing manah pêtêng. Upaminipun kagunan warni-warni ing bab ngèlmu siir, punika manawi dipun bujêng kalihan ngakal budi, sanadyan botên sagêd manggihakên kanthi sampurna, inggih sampun manggih pitulung agêng, malah trêkadhang sok botên kenging daya kuwalik pandulunipun.

[Grafik]

Pakir ingkang sawêg nuju nyulap.

Mênggah cara bodhonaning ngakal budi, ngèlmu siir kados ingkang kapratelakakên ing nginggil, kados ugi wontên ingkang kenging dipun gagapi kalihan nalar, lêrês sadaya wau mawi dhêdhasar ngèlmu, ing ngriki ngèlmu kaencokakên kaantêpaning manah, punika pancèn inggih anggadhahi daya agêng, upaminipun tiyang ingkang sagêd ngêrèh sawêr, punika prêlu ingkang nomêr sapisan manah kêndêl, kaping kalih mangrêtos dhatêng wêwatêkan tuwin pangapêsaning sawêr, sawêg têtêging manah kemawon sampun sagêd nuwuhakên kêkêndêlan, ingkang ngapêsakên dhatêng sawêr, upaminipun nyêpêng kêncêng tanpa grigih-grigih, sampun tamtu kemawon sawêr ingkang dipun cêpêng kêncêng tuwin titis panyêpêngipun, lajêng ngalokro tanpa daya. Wah malih bôngsa Hindhu punika mangrêtos sangêt dhatêng pasêmoning sawêr badhe nyathèk, mila tiyang Hindhu juru panutut sawêr sabên sumêrêp pasêmoning sawêr ingkang nyamari, lêpatipun dipun sampluk, inggih dipun singkiri. Lan malih kacariyos sawêr punika gadhah watêk rêmên dhatêng suwaraning suling, dados saupami sawêr mirêng pangêliking suling, saupami nuju nêpsu lajêng lilih ical kanêpsonipun. Ewadene tumrapipun bôngsa Hindhu juru panutut sawêr, inggih botên kirang ingkang tiwas jalaran dipun cakot ing sawêr. Kados makatên mênggah gagapan ingkang mèmpêr, lan bokmanawi [bokma...]

--- 1596 ---

[...nawi] tumrap sanès-sanèsipun, manawi sagêd manggihakên gagapanipun inggih kenging dipun gagapi.

Manawi tumrap ing bôngsa Jawi, ngèlmu kados makatên wau nama ngèlmu karang, wontênipun nama makatên, awit aslinipun saking dhusun Karang. Dene mênggah bab kaelokanipun ngèlmu karang, kados para maos sampun kêrêp mirêngakên cêcariyosanipun. Kados ta tiyang sagêd nêdha langkung saking ngêkat, malah sagêd nadhanêdha. griya tuwin sanès-sanèsipun. Punika mênggah nalaripun botên mèmpêr, lajêng kenging kagrêba cêkakipun malik mripating tiyang.

Ing Sêrat Cênthini kathah sangêt cêcariyosan ing bab sulap ingkang ngangge dhêdhasar ngèlmu siir inggih ngèlmu karang, ingkang nindakakên santrinipun Sèh Amongraga, nama Jamal kalihan Jamil, punika manawi nuju nyulap ngantos ngeram-eramakên, sagêd anggêsangakên opor bèbèk, mêjahi tiyang lajêng dipun gêsangakên malih, tuwin sanès-sanèsipun sakalangkung elok-elok. Malah sarêng dipun suyudi ing têtiyang ngantos atusan, Jamal lan Jamil botên wêgah anggènipun angingoni tiyang kathah wau, cêkap dipun sulapakên pasir dados uwos, gêgodhongan dados ulam, têtiyang ingkang dipun ingoni inggih sami rumaos nêdha yêktos.

Kajawi punika Jamal lan Jamil sagêd damêl kaelokan, santri-santrinipun sami dipun ajari jathilan numpak kapal kepang, lajêng sagêd muluk dhatêng gêgana, wontên ingkang dolanan mega, sêsirig wontên sapucaking wit-witan. Ing ngriku lajêng nyariyosakên salugunipun, bilih kawontênan wau namung pinanggih wontên pangraosipun ingkang numpaki, nyatanipun inggih namung lincêg-lincêg wontên ing siti.

Dene kawusananipun kadospundi, punapa Jamal lan Jamil manggih kamulyan jalaran saking anggènipun sagêd nindakakên kados makatên, punika botên babarpisan.

Mênggah wos-wosipun karangan bab sulap punika namung dadosa panggugah dhatêng kalimputing manah, sampun ngantos tiyang manggih kapitunan jalaran kataman ing apus ingkang sarananipun kados makatên.

Cariyos Kina

Cariyosipun Dhusun Somawangi ing Salêbêtipun Ondêr Dhistrik Mandiraja Dhistrik Purwarêja, Kabupatèn Banyumas Sababipun Wingit Botên Kenging Kalêbêtan Priyantun Ngantos Sapunika

Nalika taksih jaman karaton ing Pajang, wontên putranipun Kiyai Agêng Pamanahan ing Mantaram, nama Radèn Sutawijaya, sarta ugi kasêbut nama Ngabèi Loring Pasar, dados putra angkatipun [angka...]

--- 1597 ---

[...tipun] kangjêng sultan ing Pajang. Radèn Sutawijaya ing têmbe asma Panêmbahan Senapati. Nalika taksih neneman asring karsa midêr-midêr ing pundi-pundi. Satunggaling wêkdal rawuh ing jajahan nagari Banyumas. Kala samantên marginipun saking Gombong minggah rêdi têrus dhatêng dhusun Mêrdèn. Ngantos sapriki margi wau taksih kalêstantunakên, kanamakakên Lawangawu, kangge langkung tiyang dagang saking Gombong dhatêng dhusun Purwanagara tuwin kitha Banjarnagara.

Nalika Radèn Sutawijaya tindak ing ngriku, taksih awis dhusun, amung mlêbêt lan mêdal wana. Kala samantên Radèn Sutawijaya mirsani salêbêting wana ing rêdi ingkang dèrèng wontên namanipun wontên kukusing latu murub, kagalih wontên tiyangipun, lajêng kapurugan sarta pinanggih wontên tiyang èstri linggih ing ngandhap kajêng agêng, sarêng kadangu namanipun angakên nama Nyai Kêrtasinga. Sawêg nênggani lakinipun ingkang kalêrês tapa tilêm. Radèn Sutawijaya anjawab badhe pinanggih supados kagugaha, nanging Nyai Kêrtasinga mangsuli wontên pitungkasipun anggènipun tapa taksih kirang tigang dintên malih, dados sapunika dèrèng kenging kagugah, nanging Radèn Sutawijaya mêksa adrêng badhe kapanggih, Nyai Kêrtasinga lajêng pitakèn: panjênêngan sintên. Kawangsulan asma Radèn Sutawijaya santri saking Mataram. Nyai Kêrtasinga lajêng mangsuli manawi karsa anggugah piyambak inggih sumôngga, sarta nêdahakên panggenanipun Kyai Kêrtasinga anggènipun tapa. Radèn Sutawijaya mirsani Kyai Kêrtasinga anggènipun tapa tilêm ing sanginggiling latu murub, lajêng kagugah, nanging botên ebah, wusana Radèn Sutawijaya lajêng ambubut wulu puhunipun Kyai Kêrtasinga, andadosakên tanginipun.

Sarêng Kyai Kêrtasinga sumêrêp wontên tamu lajêng mênyat saking tapanipun sarta sami lênggah satata. Sarêng sampun sami têtêpangan, Kyai Kêrtasinga lajêng nêdha sêdhah kangge nyêgah tamunipun. Ingkang èstri nyukani sêdhah tanpa jambe, sabab botên wontên jambe, Kyai Kêrtasinga lajêng mêndhêt jambe saking kandhutanipun ingkang taksih wêtah, kasêgahakên tamunipun. Sarêng Radèn Sutawijaya badhe anggantèn, jambe sêsêgah wau lajêng kaklêthak ngantos pêcah sarwi mungêl gumalêgêr saèmpêr ungêling mriyêm, andadosakên kagètipun Radèn Sutawijaya.

Kyai Kêrtasinga ningali tamunipun kagèt, gumujêng latah. Radèn Sutawijaya lajêng ngandika dhatêng Kyai Kêrtasinga: amaringi pêparab, Kyai Santri Landhêp. Sabab adamêl kagèt tilêmipun lajêng sagêd amalês kagèt dhatêng sariranipun. Kacariyos Radèn Sutawijaya rêsêp sangêt dhatêng Kyai Kêrtasinga, sarta Kyai Kêrtasinga ugi rumêksa sangêt.

Kacariyos ing wana ngriku wontên kajêngipun pulasari ingkang gandanipun wangi, lajêng ngandika dhatêng Kyai Kêrtasinga, manawi ing têmbe wana wau dados dhusun kanamakna dhusun Sêmuwangi, ingkang sapunikanipun katêlah nama dhusun Sumawangi, mênggah rêdinipun sapriki nama rêdi Santri Landhêp.

Satilaripun Kyai Kêrtasinga lajêng kakubur ing dhusun Sumawangi wau sarta dados pêpundhènipun tiyang Sumawangi sapriki, sabab sangêt wingitipun. Badhe kasambêtan.

Atmadipura, K 178.

--- 1598 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Pahargyan ing O.S.V.I.A. Magêlang, Amèngêti Sampun Umur 50 Taun

Garèng : Lho, Truk, kok jêmbuwal wis bali maning, ulihmu lagi kapan, lan kaanane karamean ing Magêlang kêpriye, kowe apa sênêng...

Petruk : Yah, ana wong takon bae, têka kaya mêrcon rentengan, dhar, dhor, dhur, jêblis, apa dumèhane arêp taun baru Lônda kiye. Kenene iki rak banjur dadi bingung.

[Grafik]

Garèng : O, ya anèh nèk ditakoni mêngkono, jare pitakon rentengan, banjur dadi bingung, nanging nèk jagone kuruk,kluruk,. nganti pènsiun pisan, tur cêkine sanga brit labas, ya ora bingung, ning malah cikrak-cikrak. Ora, Truk, mara dongèngna nyang aku kaanane rame-rame ing pamulangan blêstir Magêlang anggone mèngêti umure wis sèkêt taun.

Petruk : Ya bêcik, Rèng, nanging sadurunge aku ngandharake pahargyan ing O.S.V.I.A. aku arêp nyaritakake dhisik apa sing wis tak alami ana ing Magêlang kono. Sanyatane, Kang Garèng, nalikane karamean durung diwiwiti, atiku mung tansah sêmang-sêmang bae, yèn ngrasakake apa sing wis disêbut ana ing ulêm-ulêmane tuwan dhirèktur ing O.S.V.I.A. awit ing ngisor dhewe ana tulisane sing kira-kira unine mêngkene: para tamu disuwun kanthi têmên-têmên, pangagêmane aja dhinês, mangkono uga pasuryane ya aja anggêtêm dhinês, ngêmungna sing sênêng-sênêng bae. Lho, panuwunan lan pangajabe tuwan dhirèktur kang mangkono mau, pancèn iya bêcik, nanging apa iya bisa kalakon.

Garèng : Wèh, hla kok dipadhakake karo sakolahan liya-liya bae, kaya ta: sakolahan calon opsihtêr (K.W.S.) pamulangan calon dhoktêr (S.T.O.V.I.A. utawa N.I.A.S.) nèk ing pamulangan-pamulangan kono, ana panjaluke dhirèktur kaya sing kok kandhakake ing ngarêp, têmtune iya bisa kalakon, awit dadine murid-murid ing sakolahan-sakolahan mau, anggêre ora diaturi kondur ing têngah dalan bae, iya mêsthi padha bae, yaiku dadi: opsihtêr utawa dhoktêr. Balik ing pamulangan plêdhing kuwi dadine para muride rak beda-beda, ana sing dadi bupati, patih, wadana, asistèn wadana lan sapêpadhane, malah ana sing dadi

--- 1599 ---

pokrul, ning ya dudu bambu, ana sing dadi opsir, opsihtêr, kêmis kantor, jurnalis, klèrêk, lan sapaiturute. Môngka nèk karêpe tulisan angelikake: aja manganggo dhinês, raine ya ora kêna dhinês barang kuwi, rak mung supaya para tilas murid utawa para murid ana ing karamean kono sing bisa sakêpenake bae, nèk cara Landane ya sing: pre. Hla apa bisa, wong bedane drajate bae wis sahohah têmênan, ora susah adoh-adoh, saiki bedane drajat utawa pamêtune bupati lan patih bae, kuwi bedane rak ya ora beda karo kênci lan kêrok, loro-lorone jênêng krêtu, nanging nèk dilabasi kênci, bayarane rak ya tikêl loro tinimbang nèk dilabasi mung kêrok bae, mêngkono uga bupati lan patih, bênêr loro-lorone jênêng priyayi blêstir, nanging kacèke rak iya sathekruk. Mulane upama aku dadi bupati nèk dikon têka anjênêngi karameane, têmtune ya rada dawa anggonku: mangke rumiyin, alias aras-arasên, saiki-saiki, biyèn-biyèn, sèh, bênêr biyèn kônca barêng-barêngan malumpat tembok, lan ambêdhah bêthèk, utawa sok rêbutan gêthuk cothot, nanging saiki aku bupati, sèh, nèk kowe dudu bupati, wajibmu ya nang ngisor wit sawo kana kae.

Petruk : Mula ya mangkono gagasanaku ing sakawit, nanging têkaning ênggon jêbul nyolong pêthèk têmênan salawase ana karamean mau, prasasat ora ana wong pangkat, ora ana wong blônja gêdhe kabèh-kabèh padha bae, sajake kala samono sêmbah dhodhok lagi padha digadhèkake kabèh. Jalaran saka prèning kêkumpulane siji lan sijine, sanadyan aku mung jurnalis ambêkokrok bae, ya banjur mèlu katut bae, ora rasa rumasa yèn pangkatku mung sanyumlik, rumasaku mung sênêng, awit kêtêmu karo tilas kônca-kônca sêkolah, wusana nganti prasasat mèh lali aku, yèn ing dunya kuwi kudu ana undhak-undhakaning drajat.

Garèng : Tujune, Truk, karamean ana ing Magêlang mung têlung dina, upama nganti ana sasasi mono, iku kalakon salawase kêndhilmu tansah mêngkurêp bae, awit pambêkanamu apês-apêse kaya wadana, nanging puluse tansah ngajak sêtakêng bae.

Petruk : Aja manèh sasasi Kang Garèng, oraa kocar-kacir, sêlagine têlung dina bae, upama aku ora tungkul dicangkingi karo tilas kancaku sêkolah, aku ya sida ma... wut.

Garèng : Lho, Truk, omongmu kiyi aku rada ora pati mangrêti, mêngko kowe gèk mung dadi gawene tilas kancamu sakolah mau.

Petruk : Mula ya mangkono, jalaran saka kancaku mau, lakuku mênyang Jawa Têngah sapisan kiye, pancèn iya irit bangêt.

Garèng : Sajake Petruk kiyi, nang kanane ana sing muwuhi sangune.

Petruk : Upama kok kandhakna mêngkono, ya ana bênêre, mara, pikirên, saka pondhokanaku nyang papan karamean balik-bolak, kuwi salawase aku tanpa ngrogoh sarini-rinia, nanging mung dicangkingi kancaku bae, tur ya ora [o...]

--- 1600 ---

[...ra] sondèl yèn nganggo bangsaning dhokar, salawase ya motor-motoran bae.

Garèng : Ning salase kuwi kowe rak iya ora owah imanmu, ta. Basa anu mêngko ngrumasani yèn dipayungi karo malaekat Jabarail.

Petruk : Pêngèstumu atiku ya ajêg bae. Bênêr aku sapisan rada nglakoni cumanthaka marang ingkang bupati utawa bandara Patih Magêlang, ning muga-muga iya diparingana sêmpora bae.

Garèng : Wiyah wong ngapura kok diêlih sêmpora, sêmpora kuwi rak bangsaning awug-awug. Ora Truk, atiku nganti mak tratab kaya wong kêtamuan dara bèi dhêrwardhêr, mara critakna nyang aku mungguh cumanthaka mau kêpriye.

Petruk : Ing ngarêp aku rak wis kôndha, yèn kalane ana karamean prasasat ora ana bedane priyayi luhur lan priyayi cilik, kabèh-kabèh prasasat padha bae. Kang mangkono mau aku mèlu katut, panganggêpe para luhur nyang aku, ora môntra-môntraa yèn aku kiyi wong êmbing kanane, apa manèh ingkang bupati lan bandara patih ing Magêlang, nganti krêsa angandika têmrèsèh bangêt karo aku. Saking têmrèsèhe, barêng ingkang bupati ngrêsakake motrèt aku kabèh kalane ing Barabudhur, aku kok banjur mak cêblung nyuwun supaya diparingi, mêngkono uga mênyang dara patih aku wani matur supaya disuwunake marang ingkang bupati. Panuwunaku mau ing saiki malah wis kalêksanan, satêkaku ing ngomah banjur ditungka olèh têmênan.

Garèng : We, hla kurang ajar, kuwi arane rak: diwènèhi brutu, ngroloh gêndhing sarongkonge pisan, nèk ora kabênêran suwe-suwe wani nyuwun tambahan sangu têmênan.

Petruk : Wiyah, kuwi arane rak wong saèn, kajaba saka kuwi aku tansah matur sèwu nuwun bangêt karo panjênêngane ingkang wadana ing Munthilan, radèn ayune pisan, dene salawase aku ana ing Magêlang tansah disênêng-sênêngake.

Garèng : Hla kuwi rêkasa Truk, wong digawe bêcik kuwi ya kudu malês bêcik, pêmalêsmu kêpriye saikine.

Petruk : Besuk bae aku yèn bisa nyang Magêlang arêp tak prêlokake sowan, prêlune supaya disêmbêlèhake pitik.

Garèng : We hla saya ora karuan, kuwi jênênge ora malês bêcik, malah arêp ngêlèti. Wis, wis, samene dhisik, liya dina dicaritakna sing nganti talêsih kaanane rame-rame ing Magêlang.

Wara-wara

Ngaturi uninga, wêdalipun Kajawèn ing dintên punika dipun kanthèni blangko pos wisêl, minôngka pamêthuking pambayaran rêginipun Kajawèn kwartal kapisan taun 1930. Namung tumrap para lêngganan ingkang dèrèng ambayar. Satampinipun bêlangko pos wisêl wau mugi kaparênga lajêng ngintunakên wangsul kanthi arta f 1,50.

Kêparênga migatosakên.

Adminstratie.

--- 1601 ---

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat Kabar Sanès

Radèn Adipati Arya Ahmad Jayadiningrat nalika mriksani pilêm Indhonesiah wontên ing nagari Walandi, rumaos kirang rêna ing panggalih, amargi ingkang kapitongtonakên ing ngriku ingkang kathah bab rêgêd, asor tuwin kabodhoanipun tiyang Indhonesiah. Ing bab kosok-wangsulipun babarpisan botên, ingkang dipun katingalakên: têtiyang Papuwah, têtiyang Dhayak ing parêdèn. Kathah têtiyang siti ingkang gêgombrolan pados dhukun. Mitongtonakên griya-griya ingkang botên sae, têtiyang adus ing lèpèn, nanging botên mitongtonakên griya-griya sakit, klinik, ingkang kêbêk dipun dhatêngi ing tiyang-tinag siti, nandhakakên bilih tiyang siti sampun agêng kapitadosanipun dhatêng caranipun panindaking kasarasan kilenan. Lan ugi botên dipun pitongtonakên panggêsanganipun tiyang siti ingkang sampun pangajaran, bale griya tuwin sanès-sanèsipun. Bilih bôngsa Walandi namung nyumêrêpi kawontênan ingkang kados makatên kemawon, tamtu gadhah panganggêp kawontênanipun tiyang Indhonesiah taksih asor.

Kapal Krakatau ingkang sawêg dhatêng ing Batawi saking Surabaya, lajêng bidhal dhatêng supitan Malakah, gêgayutan kalihan bab wontênipun candu pêtêng ingkang badhe kalêbêtakên ing Indhonesiah saking kapal Jêpan Thames Maru.

Ing Magêlang wontên siti longsor kalêrês ing wêwêngkon panggenanipun watêrlèdhêng gêmintê Magêlang, anjalari pakèwêding lampahipun toya. Ing bab punika burgêmintêr lajêng marak-marakakên, supados panganggening toya sami ingkang gêmi, lan malih sarèhning kakintên toya wau kêjogan toya sanès. Panganggenipun toya ombèn supados dipun godhog rumiyin.

Wontên pawartos, bilih pinuju môngsa jawah ing Sukabumi, asring kathah têtiyang ingkang kenging sêsakit tipês utawi sami sakit padharan, jalaran saking punika têtiyang ing ngriku kapurih sami suntik ing griya sakit kalayan lêlahanan.

Wontên pawartos, dhoktêr karaton ing Surakarta, Tuwan Prawirawinata, kinèndêlan kanthi urmat, amargi nyariyosakên bab pambobotipun Gusti Kangjêng Ratu Êmas.

Tuwan Suryapranata, ingkang dados panuntun golongan pagadhean, gadhah atur dhatêng parentah Sumatra pasisir kilèn, badhe dhatêng ing ngriku. Bab wau sampun angsal wangsulan, kaparêngakên, janji botên angginêm bab pêrgêrakan pulitik, lan manawi badhe pangkat, kêdah suka pawartos rumiyin.

Kawartosakên Koninklijk Bataviaasch Genootschap v.K.en. W. mêntas tampi barang têtilaran saking Tuwan E.W. van Orsoy de Flines ing Ungaran, awarni pot-pot Tionghwa kina, tuwin barang sanès-sanèsipun. Pot-pot ingkang kados makatên wau wontênipun ing moseum namung sakêdhik. Anggènipun marisakên barang-barang wau mawi kawrat ing sêrat notaris ing sadèrèngipun tilar donya.

Saking panêdhanipun têtiyang ing Acèh, sami ngaturi Ir. Sukarna supados rawuh ing Acèh. Makatên ugi tumrap ing Palembang tuwin Medhan.

Kawartosakên Tuwan Mr. Schrieke, dhirèktur justisi, ngaturakên usul dhatêng Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana, supados dhepartêmèn justisi kapindhah dhatêng Bandhung.

Wontên pawartos saking Têluk Bêtung, ing ngriku wontên gajah gêgrobolan adamêl rêsak babarpisan sabin gadhahanipun tiyang Jawi ing kolonisasi Gêdhong Tatakan cacah 40 bahu. Wit-witan sami dipun bêdholi. Bêstir ngintunakên pèl pulisi têtiga tuwin tiyang ing ngriku satunggal, sampun 4 dintên botên wangsul. Lajêng nusuli malih tiyang 150 dhatêng wana madosi tiyang ingkang ical wau, botên pinanggih. Gajah-gajah wau dèrèng têbih panggenanipun, tansah damêl karisakan margi-margi. Tuwan Barkmeyer, pangagêng kolonisasi nusul dhatêng wana kanthi tiyang kathah.

Ing Jawi Wetan mêntas kadhatêngan bôngsa Amerikah ahli, prêlu nyatakakên ing bab badhe lumêbêting padagangan wowohan ing Indhonesiah.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 4250 ing Kusumayudan f 3.- punika cêkap dumugi wulan Juni 1930.

Lêngganan nomêr 923 ing Jambu (Ambahrawa), wontênipun panjênêngan botên nate nampi blangko wisêl jalaran botên nate nunggak. Kawuningana f 1.50 ingkang nêmbe kula tampi punika, tumrap kuwartal 2 taun 1930.

Lêngganan nomêr 3762 ing Surabaya. Kajawèn nomêr 5 sampun têlas. Manawi botên nampi Kajawèn sampun kadangon paring kabar.

Lêngganan nomêr 2891 ing Depan. Nglêbêtakên 5, kabayar ingkang 4, dados ingkang 1 gratis, lêbêtipun kêdah sarêng.

--- 1602 ---

Wêwaosan

Sirwenda lan Danurwenda

Anggitanipun Muhamat Dohiri

17.

[Mijil]

dyan winêling saliring rèh kardi / tingkahing kinongkon / mantri catur sandika lumèngsèr / nulya mêsat saking ngarsa aji / margi tan winarni / mangkana winuwus //

mantri kadwi kang ingutus dening / sang sri nara katong / wus cumundhuk munggwing ing ngarsane / Dyan Pragola gya nêmbah wotsari / sowan ulun kadwi / ingutus sang prabu //

rèh putranta sang sri narapati / lami tan tumonton / mring paduka dahat gêng kangêne / marma dadya paduka samangkin / karsaning sang aji / ingaturan rawuh //

mring Mataram sarênga lan mami / supadi sang katong / êntyarsèng tyas umiyat ramane / sang prakosa prawira ing jurit / dadya datan atis / galihnya sang prabu //

jêr winongwong mring lêluhur sami / saiyêg anggolong / amimbuhi santosèng prajane / kineringan parangmuka sami / nêngna sang dipati / angandika arum //

hèh ta duta bangêt bungah mami / de sang nara katong / darbe èngêt mring ragèngsun kiye / wong kang tiwas tuwas tanpa kardi / sor kêpati-pati / tan patut dinulu //

mundhak apa tiwas ngrêrêgêdi / ngrubêdi ing panon / karya kucêm mring panjênêngane / dadi asor jênênging narpati / kêni dèn arani / tuwa nora urus //

angrêrêpa wau mantri kalih / dhuh sampun salah ton / mring putranta sang iswara mangke / tuhu lamun tansah ngèpi-èpi / rawuh paduka ring / kadhaton Matarum //

yèn paduka tan arsa sumiwi / kawula kuwatos / ambok dados rêngating galihe / têmahane tuwuh sônggarunggi / dadi mahanani / tindak kang tan ayu //

lah punapa ingkang dèn ulati / sinantana katong / yêkti daya agêng kang tinampèn / sih tan pêgat kadi banyu mili / nyamadi mring dhiri / sihira sang prabu //

pae lamun kang tan narima ring / pasihaning katong / mung nuruti pangôngsa-angsane / nadyan katon lajêr narapati / tinon katon manis / sinamun pandulu //

nanging mêksa ing sajroning galih / pinrayitnan batos / jinaganan sasolah-tingkahe / lah punapa inggih ecanèki / mangkya sang dipati / jroning tyas abêndu //

netranyadik wijiling sabda ris / hèh ta duta katong / lah matura ing ngarsa sang rajèng / yèn wak ingsun tan bisa sumiwi / ujêr ngrumasani / papa dadya rikuh //

pae lawan bupati liyaning / sinihan sang katong / pinaringan wiyar jajahane / mêngku bumi anganan angering / paran ta marganing / tan sumiwèng prabu //

duta kalih matur ngarih-arih / lah ta sampun wangkot / mindhak dados dukaning pamase / tan wun praja Pasantênan mangkin / pinukul ing jurit / paran dadosipun //

sang dipati duka lir sinêbit / hèh ta sira mêngko / lah balia matura diage / lamun anak prabu dadya runtik / arsa mukul jurit / sakarsa sun turut //

nêngna mangkya duk myarsa kêkalih / utusaning katong / nyuwun pamit anulya lumèngsèr / tan cinatur wursitaning margi / mangkya sampun prapti / ing praja Matarum //

sri narendra gupuh animbali / kang saking kinongkon / gya andangu mantri dwi solahe / parêng mabyantarangabyantara. awotsari / lir konjêm ing siti / silanya mabukuh //

dyan umatur wau duta kalih / saliring lêlakon / purwa madya wasana tan kècèr / wus tinutur sadaya tan kari / mangkya narapati / jaja bang malatu //

sora nabda marang nindyamantri / lah budhalna gupoh / para wadyaningsun kabèh bae / Ki Tumênggung Wiraguna mangkin / kang dadi têtindhih / ing prang aywa mundur //

Durma

gêgaman prang aywa ana kang kuciwa / sun arsa nyarirani / Si Paman Pragola / sun cêkêle priyôngga / sandika rêkyana patih / tur sêmbah mentar / sing ngarsaning narpati //

saungkurnya kyana patih sri narendra / nulya angênyapuri / nêngna winursita / kya patih gya parentah / siyaga kaprabon jurit / mring sagung wadya / Wiraguna têtindhih //

enjangira nulya budhal para wadya / gumuruh ing samargi / kêndhang gong goraya / bêgor gurnitèng tawang / sêlomprèt bairing suling / gubar wurahan / kadya manêngkêr langit //

nora ketang kèhing badhama lan pêdhang / tumbak nanggala piling / parasu lan gada / kunta candrasa langkap / solah lir amisesani / satru rong yuta / brastha tan môngga pulih //

kadya gonjing orêg rug ingkang prabata / kambah gunging prajurit / dalêdêg daludag / yayah surêm hyang surya / karoban busanèng jurit / lir wana kobar / lêbu mêlêk nglimputi //

sining wana kidang-kidang kabarasat / lumayu ngungsi urip / myang wrêksa kaprapal / sêmpal rêbah sulayah / kambah lakuning prajurit / kadya tinata / jinajar ting gulinting //

kayu-kayu pinggiring cêcuri parang / sol tibèng jurang trêbis / sela-sela gêmpal / sardula lan andaka / kang munggwing madyèng wanadri / mlayu sar-saran / tan ana tolih wuri //

kawarnaa untaping para tamtama / golonging kang lumaris / lir robing samodra / gêgulung angalerab / nêngna Pasantênan mangkin / kang winursita / saunduring mantri dwi // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 102, 19 Rêjêb Taun Ehe 1860, 21 Dhesèmbêr 1929, Taun IV

Kajawèn

Konggrès JAVA-INSTITUUT

Programah konggrès mèngêti adêgipun JAVA-INSTITUUT sampun sadasa taun, dhawah ing tanggal 27 dumugi 29 Dhesèmbêr 1929, manggèn ing Kapatihan Mangkunagaran, Surakarta.

Jumuwah tanggal 27 Dhesèmbêr 1929. Jam 9 dalu, kalêmpakan rawuhipun para tamu, wontên ing Kusumayudan, Surakarta. Prêlu têtêpangan, pangarsaning komite, Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda mêdhar sabda: atur rêmbag. Jam 9.30 mênit, lêlangên wirèng Srikandhi Larasati tuwin jogèd Kalana, paringan saking Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana.

Sabtu tanggal 28 Dhesèmbêr 1929. Jam 9 enjing, bikaking konggrès, wontên ing Kapatihan Mangkunagaran, Surakarta. Ingkang mêdhar sabda pangarsa Java-Instituut Prof. Dr. Radèn Arya Husin Jayadiningrat. Jam 9.30 mênit, dumugi jam 1 ngrêmbag kanthi dhebat, ing bab kasusastran wetanan, tumrap pamulangan luhur. Ingkang badhe sêsorah: Dr. G.W.J. Drewes, Dr. S.J. Esser, Radèn Adipati Arya Suyana, Tuwan L. van Rijckevorsel (Bahrawa) tuwin Mr. Adi. Jam 5 sontên, dumugi jam 7 sontên dhatêng museum ing ngriku mitongtonakên barang mas salaka ingkang gagrag kina utawi gagrag sapunika. Ngunjuk wedang tèh wontên Sriwadari mawi lêlangên Jawi. Jam 7.30 mênit, dumugi jam 8.30 mênit, sêsorah bab: siti dalah têtiyangipun ing Bali mawi gambar, dening Cokordhê Gêdhe Rakê Sukawati, wontên ing Sriwadari (margi dhatêng Purwasari). Jam 10 klênengan wontên Kapatihan Mangkunagaran, sumbangan saking Javaansche kunstkring Mardi Laras ing Surakarta.

Ngahad 29 Dhesèmbêr 1929. Jam 7.30 mênit dumgi jam 9 enjing, sowan dhatêng karaton.§ Sowanipun malêbêt karaton katamtokakên mangangge cara Walandi: pêthak, utawi mangangge kabangsan atelah pêthak, dhuwungan, tanpa sêpatu. Makatên ugi tumrap pasamuwan ing Mangkunagaran, panganggenipun ugi makatên. Jam 9.30 mênit nglajêngakên rêmbag bab kasusastran wetanan, tumrap pamulangan luhur, tuwin sêsorah: wigatosing panitipriksa bab kagunan tuwin kawêkêlan dening Ir Thomas Karsten. Panutuping konggrès wontên ing Kapatihan Mangkunagaran. Jam 9 dalu ringgitan lampahan Rama Duta, wontên Pura Mangkunagaran, saking kamirahan dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VII.§ Buku cêkakaning cariyos badhe kakintunakên dhatêng para warga ing tanggal 20 Dhesèmbêr.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1603] ---

Ôngka 102, 19 Rêjêb Taun Ehe 1860, 21 Dhesèmbêr 1929, Taun IV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Sawangan saking gêgana

[Grafik]

Ing nginggil punika sawangan têlênging kitha dagang ing Batawi ing Kalibêsar, dipun sawang saking gêgana.

--- 1604 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja, Ind. Arts ing Kudus

Sambêtipun Kajawèn nomêr 101.

Ananging manawi dhoktêr ingkang anjampèni utawi ingkang sakit ngêntosi karampungan papriksan microscoop wau, kasêlak kasèp, mila manawi sampun katawis sakêdhik kemawon wontên diphtherie membraan ing lak-lakan, ingkang sakit enggal kasuntika serum diphtherie 10 cc. Bayi manut umur wulanan, upami umur 2 wulan, 2 cc. 4 wulan 4 cc. Salajêngipun. Upami karampungan papriksan microscoop negatief têgêsipun botên pinanggih basilipun diphtherie, dados sanès sêsakit diphtherie punika botên dados damêl.

Jampi sêrum diphtherie punika sagêd pikantuk tumbas dhatêng Instituut Pasteur ing Bandhung, mustajab sangêt. Kajawi dipun suntikakên dados jampi, ugi kenging sasuntikakên ing tiyang saras, badan sagêd kalis dening sêsakit wau (prophylactisch) kadosdene suntikan cacar, typhus lan sananès-sanèsipun,sanès-sanèsipun. mirsanana ing bab sêsakit cacar, typhus lan panulakipun.

Panjaginipun sêsakit diphtherie punika:

Ingkang sakit lan ingkang jagi mulasara enggal kapisah (isoleeren), rêrêgêdipun ing lak-lakan ingkang sakit kapêndhêta. Kapriksakna ing Laboratorium (bacteriologisch onderzoek).

Botên kenging ingkang sakit kêmpal kalihan sanak sadhèrèk ingkang nunggil sagriya manawi dèrèng ical diphtherie membraan-nipun salêbêtipun 8 dintên. Sasampunipun kalampahan saras 8 dintên lare ingkang sêkolah kenging mlêbêt pamulangan malih.

Ing griya ingkang wontên sêsakit diphtherie kêdah katutup utawi katêngêrana supados tiyang sanès ngrêtos yèn ing ngriku wontên sêsakit nular, sampun ngantos tiyang sanès sêsrawungan.

Kajawi ingkang sakit kasuntik serum tiyang sagriya prayogi dipun suntik ugi. Jampi kangge gorokan ingkang sakit kakêmonana waterstofperoxiyd 2% oplossing.

Tuladha.

Ing wulan Agustus 1929 kula dipun undang tuwan administratur kabudidayan, pinuju têtirah ing rêdi (pasanggrahan) prêlu kapurih anjampèni anakipun bayi ingkang sakit bêntèr malariah. Sanès dintên kula kapurih malih mriksa anakipun ingkang sakit wau, amargi bêntèipun kumat malih, dipun jampèni puyêr malariah botên wontên tumanjanipun, sadintên sadalu bêntèr têrus. Rèhning ibunipun sampun saminggu kapêngkêr kenging sêsakit diphtherie sampun saras, lak-lakanipun bayi kapriksa katingal yêktos wontên pêthak êmblèg-êmblègan (diphtherie membraan), sanalika bayi kula suntik 5 cc serum, dalu bayi sampun sagêd tilêm sakeca, enjingipun bêntèr ical saras. (Badhe kasambêtan)

--- 1605 ---

Pambikakipun Griya Sakit Enggal ing Bogor

[Grafik]

Ing Kajawèn sampun nate ngêwrat pawartos ing bab pambikakipun griya sakit ing Bogor. Ing nginggil punika gambaripun nalika ingkang bupati ing Bogor nuju mêdhar sabda. Ingkang lênggah ngajêngakên meja Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral.

Kajawèn Adèn Nomêr Jawi Wetan

Ngaturi uninga dhatêng para maos, sarèhning benjing dintên Rêbo tanggal kaping 25 Dhesèmbêr ngajêng punika kalêrês dintên liburan, Kajawèn botên kawêdalakên, nanging wêdalipun Kajawèn ing dintên Sêtu tanggal 28 kawêdalakên rangkêp cacah 40 kaca, kadamêl adèn, dipun namakakên: nomêr Jawi Wetan. Mênggah isinipun Kajawèn nomêr Jawi Wetan wau ngêwrat ing bab kawigatosanipun tanah Jawi Wetan, sami asli saking karanganipun para linangkung, kados ta: Paduka Gupêrnur Hardeman, Dr. Sutama, Dr. Pigeaud, Dr. Crucq, Dr. Susila, Nyonyah Sudirman, Tuwan Lie Ping An tuwin sanès-sanèsipun malih, mawi rinêngga ing gambar sakalangkung kathah, sae-sae. Bab isining Kajawèn adèn wau botên prêlu kula pratelakakên ing ngriki panjang-panjang, mindhak andadosakên kirang sarantosing panggalihanipun para maos.

Kajawi punika, tumrap para lêngganan enggal, inggih punika lêngganan wiwit Januari 1830, ugi sagêd tampi Kajawèn nomêr Jawi Wetan wau. Nanging samantên wau manawi dèrèng têlas. Ewadene pangêcapipun inggih badhe dipun kathahi.

Sumôngga tumuntêna lêngganan. Wêlingan ingkang botên dipun kanthèni arta, botên katampèn. Bale Pustaka.

--- 1606 ---

Bab Têtanêman

Manggis

Manggis punika kalêbêt bangsaning wowohan ingkang èdi, kathah tiyang ingkang doyan, awit raosipun lêgi tur sêgêr. Kangge padagangan katingal madolakên. Nanging tumraping padunungan kula kapetang taksih awis rêrêgènipun. Ingkang agêngipun satigan kambangan kemawon trêkadhang rêgi 2 dumugi 4 sèn satunggal iji. Langkung malih ingkang agêng, sampun tamtu saya mindhak-mindhak. Wontênipun makatên, awit ing tanah ngriku wau kenging kawastanan lôngka wontên tiyang nanêm manggis, saya malih yèn ingkang gêgriya kalêbêt golonganing kaum mudha, sajakipun pancèn botên migatosakên sangêt dhatêng tanêman wit manggis, kabêkta saking danguning umur-umuranipun, tur botên kenging kacangkok, dados botên patos talatos, amargi dangu awohipun.

[Grafik]

Woh manggis.

Manawi ing salah satunggaling pakawisan wontên tanêmanipun manggis, punika kenging katamtokakên bilih tanêman wau têtilaraning tiyang sêpuh lêluhuripun, kados ta: bapa, êmbah salajêngipun. Dados sapunika anak putu kantun manggih ecanipun ngundhuhi woh manggis sarta angraosakên, katôndha wit-witanipun sampun agêng.

Pramila supados ing wingking tansah tumaruntun, kados kalampahan kita ing sapunika kalihan êmbah wau, prayogi sampun ngantos wêgah adamêl têtilaran. Ingkang kathah gagasanipun tiyang anèm makatên: prêlu apa nandur manggis, wong ora kêna dicangkok, kudu nandur wiji, dadi suwe awohe, bokmanawa umur kasêlak ora nututi, mulane bêcik nandur liyane bae, kang sakira enggal kêna dialap uwohe, dadi aku nuli bisa ngrasakake...

Ingkang makatên punika inggih wontên lêrêsipun, nanging têka èpèh sangêt, dene anak putu ing têmbe wingking botên dipun êdumi ecanipun, pramila ing ngriki kados botên wontên awonipun upami kula têrangakên sawatawis, kadospundi pananêmipun manggis, murih dados pamunguning panggalih purun nanêm manggis, kenginga kadamêt têtilaran.

Pancèn awis sangêt pang manggis dipun cangkok sagêd dados, sanajan sagêda ngoyot, dipun [dipu...]

--- 1607 ---

[...n] cèblêkakên inggih botên mêsthi gêsang, mila inggih prayogi andhêdhêr kemawon rumiyin, wontên ing ngêpot utawi ing papan pangipukan, nanging wiji manggis botên kenging dipun êpe, awit manawi ing nglêbêt ngantos garing sampun tamtu botên sagêd thukul. Yèn gêsangipun wontên ing papan pandhêdhêran kintên-kintên sampun sakilan inggilipun, punika kenging kaputêr, katanêma ing pakawisan, awisipun watawis 8 mètêr. Inggih kêdah dipun rimat kanthi sabar, sampun ngantos kêmba, bokmanawi botên ngantos sadasa taun jangji pangrimatipun sae, tanêman wau sampun ngêdalakên sêkar, lajêng woh. Wiwitan wohipun inggih sakêdhik sangêt, tur pating parênca, sami mêdal ing pucuking êpang, saya dangu saya gêmbêl, lah punika tôndha badhe malês kasaenan.

Woh manggis punika yèn taksih nèm warninipun jêne pêthak, yèn sampun sêpuh abrit sêpuh sêmu wungu. Kulitipun kandêl, manawi kathah kenging kadamêl cèt. Malah kadhangkala sok kadamêl momoraning nyoga. Ing salêbêting kulit wontên dagingipun pêthak, trapipun sêsiyungan kados dhuku, kathah kêdhiking cacahipun siyungan wau sami kalihan cacahing pucukipun, ingkang limrah isi 4 dumugi 8 siyung. Mila manggis punika kenging kadamêl cangkriman, patrapipun kêdah kapagas pucukipun, lajêng kapurih ambadhe, pintên cacahing siyungan.

Mênggah sêkar manggis limrahipun mêdal nuju ing wulan Agustus, dene wohipun wontên ing wulan Nopèmbêr dumugi wulan Marêt. Sataun namung awoh sapisan, awit saking punika andadosakên awising rêrêgènipun wau.

Nirrasa. Tumpang - Malang.

[Grafik]

Kacariyos sampun 1900 taun kapêngkêr, Prabu Caligula kagungan baita karajan kèrêm wontên ing talaga Nemi. Ing sapunika saking kaparêngipun Sang Mussolini talaga wau dipun sat, pinanggih wontên rêrêngganing kapal ingkang taksih wêtah, kados ing gambar.

--- 1608 ---

Cariyos Kina

Cariyosipun Dhusun Somawangi ing Salêbêtipun Ondêr Dhistrik Mandiraja Dhistrik Purwarêja, Kabupatèn Banyumas Sababipun Wingit Botên Kenging Kalêbêtan Priyantun Ngantos Sapunika.

(Candhakipun Kajawèn ôngka 101)

Nalika karaton Mataram karisak dening Radèn Trunajaya, Kangjêng Sinuhun Mangkurat ing Mataram kèngsêr tindak dhatêng Banyumas, badhe lajêng dhatêng Têgal, lajêng surut wontên ing Ajibarang, sapunika dhistrik Ajibarang wêwêngkon kabupatèn Purwakêrta, layon kasarèkakên ing Têgalarum, wêwêngkon kabupatèn Têgal.

Putra nata ingkang sêpuh piyambak jumênêng pangeran adipati anom, kondur dhatêng Banyumas lajêng jumênêng nata wontên kabupatèn Banyumas ngagêm asma Kangjêng Sunan Amangkurat. Wêkdal punika kabupatèn wontên ing dhusun Karangkamal, sawetanipun lèpèn Banyumas.

Kangjêng sunan punika badhe kondur dhatêng Mataram miyos mangetan mêdal dhistrik Purwarêja, Mêrdèn. Sarêng tindak dalêm dumugi radinan wêngkon dhusun Sumawangi, antawisipun Purwarêja lan Mêrdèn, kangjêng sunan dhawah saking titihan.

Ing Mêrdèn wau wontên bupati ingkang apangkat ngabèi, ingkang sapunika nama nagari Purbalingga. Kangjêng sunan ngandika dhatêng Ki Ngabèi Mêrdèn, nalika dumugi dhusun Sumawangi dhawah saking titihan. Ki Ngabèi Mêrdèn matur: punika dhusun wingit, sabab pikantuk sabdanipun Panêmbahan Senapati ing Mataram, sapriki dhusun wau kasuwur wingitipun.

Nalika bupati Banyumas asma Radèn Tumênggung Yudanagara I, ingkang mindhah kabupatèn dhatêng kabupatèn sapunika, wontên cariyosipun makatên:

Radèn Tumênggung Yudanagara I, punika kagungan pandhapi kabupatèn ingkang kaparingan nama pandhapi si panji, kasuwur saenipun. Satunggaling wêkdal pandhapi wau miring, sabab sakagurunipun salah satunggal amblês ing siti. Sampun kaangkat wongsal-wangsul dening tiyang kathah botên sagêd kangkat.

Radèn Tumênggung Yudanagara wau lajêng mundhut tulung dhatêng satunggaling tiyang tapa nama Kyai Wirasuta ing dhusun Somawangi, inggih punika putunipun Kyai Kêrtasinga ingkang kasêbut ngajêng.

Kyai Wirasuta lajêng ngaturakên anakipun jalêr nama Jiwaklana lan kalih muridipun nama Kêbo Gêmulung, sarta sampun kawulang patrapipun angangkat saka ingkang amblês wau.

Sadhatêngipun ing Banyumas, ing kabupatèn sampun [sa...]

--- 1609 ---

[...mpun] kêmpal para priyantu thahpriyantun kathah. sarta tiyang-tiyang ingkang badhe ningali akalihan santri kalih wau anglêrêsakên sakanipun pandhapi si panji wau.

Wêkasanipun Jiwaklana lan Kêbo Gêmulung sagêd angangkat sakaguru ingkang amblês wau tanpa pitulunganipun tiyang sanès, andadosakên gumunipun sadaya tiyang ingkang ningali, saka wau sampun wangsul lêrês kados ingkang wau. Radèn Tumênggung Yudanagara sênêng sangêt sarta paring pratandhaning karênan dhatêng santri kêkalih wau.

Wêkdal punika kacariyos wontên salah satunggaling priyantun punggawa kabupatèn ingkang bêntèr manahipun, gadhah aji plengketan ingkang lajêng kawatak dumunung dhatêng santri kêkalih wau, supados kawirangana. Sarêng Jiwaklana sarta Kêbo Gumulung badhe mênyat saking gêlaran ingkang dipun tindhihi, gêlaran kalèt kalihan sinjangipun santri kalih wau, andadosakên gujêngipun tiyang kathah ingkang sami ningali. Dene Jiwaklana sarta Kêbo Gêmulung isin sangêt rumaos kadamêl gêgujêngan. Nanging bawanipun santri linangkung, botên kewran manahipun, sakala nyipta icaling beka sambekala. Lajêng sinjangipun sagêd ucul saking lengketan gêlaran, andadosakên gumunipun ingkang para ningali sarta angalêmbana alusing bêbudènipun santri kêkalih.

Sarêng Jiwaklana sarta Kêbo Gêmulung dumugi ing dhusun Sumawangi lajêng sowan Kyai Wirasuta ngaturakên sadaya ingkang sampun kalampahan nalika wontên kabupatèn Banyumas. Pangandikanipun: priyayi Banyumas iku atine jail, ora kêna digawe bêcik, wis ditulung banjur malês gawe wirang, dadi wêlingku saiki bangsane priyayi Banyumas ora kêna têka ing wêwêngkone desa Sumawangi iki, manawa duwe kalungguhan dadia cilaka lèrèn saka kalungguhane, utawa mati, manawa kang durung kalungguhan, apa karêpe aja ana kang kalêksanan.

Dumugi sapriki dhusun Sumawangi punika botên kenging kalêbêtan priyantun. Sanajan ingkang ambawahakên pisan botên purun nêrak malêbêt dhusun wau, sabab sampun kalampahan wontên satunggaling wadana Purwarêja nêrak malêbêt ing dhusun wau, sawangsulipun ing kawêdanan dados sakit sarta lajêng tilar donya. Lajêng asistèn wadana Mandiraja ingkang botên pitados dhatêng cariyos kawingitan punika, badhe malêbêt dhatêng dhusun wau, dilalah sawêg malêbêt wêwêngkoning dhusun, bèndinipun malêbêt ing wangan pinggir radinan, lajêng dhawah andadosakên sakit sarta dados jalaran tilaripun. Kajawi punika taksih kathah cariyosipun para priyantun ingkang tiwas sabab nêrak wêwalêr punika.

Cariyos punika ingkang ngaturi tiyang nama Kaji Asnawi tiyang asli saking dhusun Sumawangi.

Atmadipura. K 178

--- 1610 ---

Jagading Wanita

Kabingahaning Biyung

Tumraping tiyang sêpuh, saya malih biyung, punika mênggahing kasênênganipun botên kados manawi anakipun manggih kamulyan. Sampun malih ingkang nama kamulyan, sawêg anak sagêd mindhak kasagêdanipun kemawon, manahipun sampun agêng kados rêdi. Dados têtela, bilih kamulyaning anak punika sagêd nênarik damêl kasênênganing biyung.

[Grafik]

Salugunipun lêlampahan ingkang kados makatên punika tumrapipun ing jaman sapunika sampun kêrêp pinanggih wontên ing para ibu ingkang mêningi dhumawah ing kamulyanipun anak, wontên ingkang pinanggih jalaran saking manggih kaluhuran, manggih kawibawan, manggih kamisuwuran, dene gampilanipun, pinanggihipun sadaya wau saking wohing pasinaon, pundi ingkang sagêd mêdal saking perangan ingkang luhur, upaminipun pun biyung kados manggih woh ingkang miraos piyambak. Lêlampahan ingkang kados makatên punika tansah dados idham-idhaman utawi pêpenginaning para ibu.

Ing sisih punika ngêwrat gambar ingkang mujudakên kalêganing biyung nalika kapanggih kalihan anak ingkang manggih kamisuwuraning nama, inggih punika Tuwan A. Fokker, juru damêl mêsin mabur, nalika têtuwi dhatêng ing nagari wutah rahipun kalihan numpak mêsin mabur yasanipun piyambak. Gapyukaning biyung dhatêng anak kados ing gambar punika, tamtu araos sêdhêp têrus ing manah, raosing manahipun biyung ingkang kados makatên wau, bokmanawi botên beda kados raosing manahipun tiyang sêpuh manawi anakipun lulus saking pamulangan.

--- 1611 ---

Raos Jawi

Bêbudèn Wêlas Asih

Bêbudèn wêlas asih punika adamêl trênyuhing manahipun tiyang miskin, saha adamêl balabaning tiyang sugih.

Ungêl-ungêlan ing nginggil punika kêpara nyata. Manawi kita sampun kadunungan bêbudèn wêlas asih botên mawang bôngsa, utawi kewan punika kemawon, kita inggih badhe angsal piwalês sih saking sadaya ingkang kula sihi wau. Tiyang ingkang sampun samantên luhuring bêbudènipun, sok tiyanga masthi badhe gadhah sih dhatêng piyambakipun. Tiyang sugih masthi purun dêrma dhatêng piyambakipun bilih pinuju karibêdan. Tiyang ingkang miskin, manawi angsal pêparing saking tiyang ingkang ambêg wêlas asih wau, sakala trênyuh manahipun, lajêng rumaos kamiskinanipun. Satêmah asung pêpuji sae dhatêng tiyang wau kabêkta kataman ing daya sih. Makatên ugi tiyang sugih, tumut kapandukan ing sihipun tiyang wau, wasana inggih mangsulakên daya sih tumuju ing tiyang wau. Kadidene kumandhanging swara kita manawi kita nywara sora wontên ing pasabinan utawi ara-ara, guwa sangandhaping krêtêg sapanunggilanipun, suwara kula ingkang kula wêdalakên wau wangsul malih, lah makatên upamining ilinipun daya sih ingkang kasêbar sok tiyanga. Wêkasanipun masthi wangsul malih pundi pinangkanipun. Dados kita manawi asih dhatêng sok tiyanga, masthi kula tampi sihing sok tiyanga.

Ananging kok inggih awis tiyang ingkang sagêd anglampahi bêbudèn wau. Malah kosokwangsulipun punika ingkang tumindak.

Tiyang ingkang sampun gadhah bêbudèn wêlas asih botên mrêduli badanipun piyambak, milalah badanipun piyambak manggih sangsara. Sangsaraning badanipun piyambak kasandhang kalihan bingahing manah, botên gadhah ngrêsula tuwin kêduwung. Inggih makatên punika ingkang sampun dumugi drajating kautaman, ngungkuli kasaenan lan wajib.

Tumraping tiyang ingkang taksih kagubêl ing angkara murka, saèstu rêkaos sagêdipun tumindak ngangge bêbudèn wêlas asih. Jalaran gagasanipun: lah apa ta paedahe tulung ing liyan, samôngsa awake dhewe durung kacukupan butuhe.

Anggagas ingkang makatên punika kasinggihan sangêt, wajibing têtulung manawi badanipun sampun kacêkapan, nanging kawuningana, para angkara murka botên badhe angsal pamarêm, dados tangèh lamun sagêdipun kacêkapan bêtahipun, jèr wontên kemawon ingkang dipun pengini. Lah manawi tansah makatên kemawon tumindakipun, gèk benjing punapa sagêdipun tumindak utami.

Cêkaking atur kula, sintên ingkang sumêdya anggayuh kautamèn, sinartanana ing wêlas asih.

Wasana namung sumôngga.

Rara Mulyati. Pêndhêm Mêjaba, Kudus

--- 1612 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Pahargyan ing O.S.V.I.A. Magêlang, Amèngêti Sampun Umur 50 Taun

Sambêtipun Kajawèn nomêr 101.

Garèng : Truk, Truk, lagi anu kowe wis ngandharake wawasanamu mungguhing karamean pamulangan plêdhing sêkul ing Magêlang, yaiku ing bab patêmone tilas-tilas murid, apadene para murid, nganti kowe ora anduwèni pangrasa, yèn ing dônya kala samono ana: bupati, wêdana, asistèn wadana, opsir, pokrul, kêmis, jurnalis cecrekan lan sapadhane. Awit kabèh mau kala kuwi sajake padha ngrumasani tilas kônca sêkolah. Kang mangkono mau sanyatane andadèkake gumuning atiku kang tanpa upama, awit pagawean bupati, wadana lan sapiturute, kuwi beda bangêt karo pangkat klèrêk upamane, lumrahe anggone dadi klèrêk kuwi ya mung wiwit jam 7 têkan jam 2, balik pangkat bupati, wadana lan sapiturute, wiwit wungu sare ya wis: hêk hêm, aku bupati, lagi siram, ya: kêcipak-kêcipik, aku bupati, dhahar sarapan ya: aku bupati, apa manèh miyos nyang pandhapa uyawa nyang kantoran: aku bupati bangêt, dalasan lagi têngah-têngah sare, pangandikane ya: aku bupati. Mêngkono uga bangsane wêdana, malah aku kêrêp mênangi wêdana, nèk têtêpungan karo wong liya, ngandikakake nyang sarirane dhewe: kula wêdana kitha. Lho sajake salawase ana dônya iki, panjênêngane ya dadi wadana kutha, ora ngemuti yèn pangkate mau mung digadhuhake bae, lan ana kalamangsane pangkate mau dipundhut bali dening ingkang kuwasa, mulane aku ya tansah ngungun, dene wêktu rame-rame mau padha sagêd nyupèkake pangkate piyambak-piyambak. Jalaran saka iku, aku banjur saya kêpengin krungu anane karamean, mara caritakna sing nganti urut.

[Grafik]

Petruk : Ya bêcik rungokna. Miturut programah kang disêbar nyang ngêndi-êndi, dina Sênèn malêm Slasa, tanggal 9/10 jam 7 têkan jam 9 tilas murid lan murid padha kumpul ana ing kabupatèn. Ing sarèhning aku rumasa dudu wong pangkat, anggonku manganggo tak gawe èksêtrah brêgas, klambine ya milih opyas, thik nganggo dhas

--- 1613 ---

ning ora nyangking tas, rumasaku kala samono ya pancèn canthas, ewadene barêng têkan ing pakarangan kabupatèn atiku bokkok. rada uwas, mulane sing dak jujug dhisik ing kantoran, ngingak-nginguki nèk-nèke ana kônca lawas, sing kêna dijak bêbarêngan munggah ing pandhapa.

Garèng : Kapak-kapakna ya wong Si Petruk, sanadyana wis kulina omah-omah ana ing kutha gêdhe, ewasamono mêksa durung uwal-uwal karo dèn baguse clingus, upama kala samono ora kêtêmu karo kancane lawas, kiraku ya banjur têrus ngêndhuk ana ing kantoran bae.

Petruk : Lha kuwi nèk wong ora duwe agama, ya banjur ngarani yèn calingus bae. Kuwi ora kêna diarani clingus, nanging nyingkiri aja nganti ana wong liya kêdosan. Ing ngarêp aku rak wis ngomong, yèn kala samono anggonku manganggo èksêtrah brêgas têmênan. Nèk aku banjur drojog-drojog munggah pandhapa bae, kuwatir yèn para priyayi sing wis ana ing kono, padha kurmat mêthukake, wusanane nèk nguningani yèn mung jênêng ingsun bae, nèk-nèke banjur padha misuhi: yak, sambêr gêlap ping sanga likur dhur-dhuran, jêbul kok mung Si Petruk bae. Hara apa priyayi mau ora banjur kêdosan, awit mêmisuhi wong sing ora dosa.

Garèng : Wayah, anggêpmu anggonmu dandan kuwi apa ngêplêki bêndara paeran, kathik kuwatir nèk diurmati para priyayi liyane, paribasane rak ana: sanadyan nganggoa ali-ali êmas pisan, nèk kunyuk iya isih kunyuk bae. Wis-wis, banjurna critamu.

Petruk : Kira-kira jam 7 ing pandhapa kabupatèn wis kêbak priyayi kakung putri lan para Walônda utawa Tiongwha sawatara. Kajaba ingkang bupati ing Magêlang, sing padha anjênêngi ing kono, para bupati ing: Wanasaba, Banyumas, Têmanggung, Bantul, Tulungagung lan isih ana manèh liyane. Para murid kompêlit, para tilas murid sing padha mrêlokake rawuh, kala samono ana têlungatusan, pangkate ana ing donya kene rupa-rupa, kajaba sing wis jumênêng bupati, kaya sing tak kandhakake ing ngarêp, ana sing dadi: siwa patih, ning dudu: marma sun timbali, ana sing dadi dara dana, dara sistèn, dèn bèi mantri plisi, ana sing dadi adpokat alias pokrul, ning dudu bambu, ana sing dadi prajurit, dudu pangkat sêpandri, ning kaptin, lho, ana sing dadi dhoktêr kewan, iki pagaweane ora mung anggêbiri bae, ning ya bisa nambani kewan lara barang. Mêngkono uga ya ana sing dadi komis, klèrêk, malah sanadyan gombal-gombal ya ana sing pangkat rêdhaktur.

Garèng : Wadhuh, Truk, upama aku mèlua têka, anane pangkat sadônya kêkukub kabèh, awit sanadyan cilik-cilik, pangkatku ki rada pêpak: ya: dhukun pijêt, bakul sate, bakul tahu, ba...

Petruk : Wis, wis, kok banjur anggêdrabul mêngkono. Ing pandhapa kono kala samono disêngaja ora disadhiyani palênggahan, awit dikuwatirake yèn kabèh banjur mung padha lênggah bae, sababe wis jamak lumrah, bokong Jawa [Ja...]

--- 1614 ---

[...wa] kuwi nèk wis mambu kursi sok tèmplèk bae, sajake kaya dilim kae, ing môngka krêsaning komite sing ngadani anane karamean mau, supaya para tilas murid padhaa têtêpungan karo tilas murid utawa murid sing durung ditêpungi, lan padhaa nêmoni kônca-kancane biyèn. Krêsaning komite mau iya kalêksanan têmênan, nalika kuwi iya ora ana siji-sijia sing ngundhêr ing sapanggonan bae, nanging tansah padha mondar-mandir anggolèki kônca lawas, utawa têtêpungan anyar. Wah, Rèng, ramene ing wêktu kuwi ngungkul-ungkuli wong... trawèh.

Garèng : We, lha, kala samono ya mêsakake pandhapa kabupatèn, prasasat dipadhakake kamar bolah bae. Apa para luhur-luhur sing anjênêngi ana ing kono, ora padha prindang-prinding mriksani sêmut irêng padha pating grijag mêngkono kuwi.

Petruk : Ora babar pisan, Rèng, kabèh padha ngatingalake anggone padha rêna ing panggalihe, malah ingkang bupati ing Magêlang ora ana kèndêle tansah gênti-gênti anggone ngandikan karo para sing ana ing kono, mêngkono uga ingkang bupati ing Wanasaba tansah katon sumèh ing pangandika, lan krêsa gêgujêngan karo para priyayi cilik-cilik, anandhakake ingkang bupati sakalihan mau padha sagêd ambedakake pasrawungan dhinês lan partikêlir. Dilalah kok ana kabar ingkang bupati ing Wanasaba mau, nampi ganjaran sêsêbutan adipati, mulane saiki aku ya mèlu bungah bagêt sarta andhèrèk suka sukur, kanthi pamuji muga-muga lulusa anggone angayomi kabupatèn Wanasaba.

Garèng : Amin. Wong lagi nyaritakake karamean ana ing kabupatèn, kok banjur andonga kasah mêngkono. Wis ta, tumuli banjurna caritamu.

Petruk : Kira-kira jam 8 ana wong sawatara padha manganggo irêng-irêngan kanthi dikêpalani tuwan sêkul opsinêr Magêlang padha manêmbrama, maksude panêmbrapanêmbrama. mau ngaturi sugêng marang priyayi-priyayi tilas murid plêdhing sing mrêlokake anjênêngi karamean mau. Sauwise tilas murid sing sêpuh dhewe diaturi jumênêng ana ing têngahing pandhapa, sabanjure kabèh tilas murid lan para murid kudu atur urmat marang sing sêpuh dhewe mau. Anggone nyêdhak tut siji, sawênèh anggone marani mau kanthi ambêksa nyara kêthoprak.

Garèng : Wah, upama aku anaa kono panjogètku sida ajêntrik-jêntrik ngêthèk oglèng têmenan. Sauwise banjur kêpriye.

Petruk : Wis, wis, cêkake rame bangêt, tilas murid sing sêpuh dhewe mau nganggo diarak barang, ning ya mung ana ing pandhapa kabupatèn bae. Jam 9 para tamu padha bubar kabèh. Liya dina tak caritani karamean ing dina candhake.

--- 1615 ---

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat Kabar Sanès

Ing palapuran sêsakit pès saminggu sapisan ing Tasikmalaya mratelakakên, bilih wiwit tanggal 2 dumugi 9 Dhesèmbêr cacahing tiyang ingkang katrajang sêsakit pès wontên 38 sami tiwas, sadaya pès wudun.

Gêgayutan kalihan bab awisipun têdha ing Jawi Wetan, kathah sangêt têtiyang ingkang malêbêt kuli kontrak. Ing wulan Oktobêr tuwin Nopèmbêr kêpêngkêr, cacahipun kuli ingkang kabidhalakên dhatêng tanah sabrang, ingkang kathah dhatêng Dhèli, mêdal Surabaya wontên 3200 tuwin 3600. Kajawi punika ingkang mêdal Sêmarang ugi kathah. Ing Dhèli sapunika taksih kêkirangan kuli 50 utawi 60 èwu.

Pakêmpalan S.P.I. (Sarekat Pandoe Indonesia) mêntas amèngêti adêging pakêmpalan sampun 1 taun, mawi ngawontênakên pahargyan, manggèn ing gêdhong Permoefakatan Indonesia ing gang Kênari Wèltêprèdhên.

Kawartosakên, ing Makasar tuwuh sêsakit pès.

Kawartosakên kawontênanipun sawarnining lampah among dagang ing Bandhung katingal mundur, beda sangêt kalihan kala ing taun 1928. Manawi mirid kawontênan ingkang kados makatên wau ing Bandhung kathah tiyang ingkang kêkirangan. Nanging manawi mirid majênging sawarnining têtingalan, kados ta bioskup tuwin sanès-sanèsipun, malah katingal majêng, punika andadosakên titikan, bilih ing Bandhung punika dununging kasênêngan.

Wontên pawartos, dhirèktur pakaryan praja badhe ngêdalakên sêrat wara-wara, angawisi punggawa S.S. tuwin pos malêbêt warga P.N.I.

Nyambêti pawartos ingkang sampun kawrat ing Kajawèn, pèl pulisi ing Têluk Bêtung têtiga ingkang ical wontên ing wana, sasampunipun tigang dintên sagêd kapanggih, salêbêtipun tigang dintên wau sami botên nêdha, lampahipun tiyang têtiga wau dumugi kabudidayan Way sekampoeng, sami sayah sangêt. Ing kabudidayan wau ugi katrajang ing gajah. Ing satunggaling dalu nêmpuh griya-griya sacêlaking griya administratur.

Nalika tanggal 7-12-'1929 wiwit jam 4 dumugi jam 6 sontên, tuwin tanggal 8-12-'29 wiwit 9 dumugi jam 12 siyang, pamulangan Kartini ing Malang ngawontênakên tèntunsêtèling, manggèn ing griya pamulangan, wosipun mitongtonakên barang-barang dêdamêlanipun para murid ing ngriku, inggih punika barang dêdamelan tangan, kados ta bôngsa sulam-sulaman lan burdiran, tuwin sapanunggilipun, ingkang kathah bôngsa sêmbêt, katingalipun sampun prayogi. (N).

Ing Batawi badhe wontên bikakan sêkolahan Hindhu, dipun wiwiti benjing tanggal 1 Januari ngajêng punika. Ingkang dipun wulangakên basa Inggris tuwin Hindhu. Kajawi nampèni lare-lare anakipun bôngsa Hindhu, ugi nampèni lare sanès-sanèsipun. Adêging sêkolahan wau saking ada-adanipun kapala bôngsa Hindu Tuwan Bola Singh.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 3674 ing Jêruk (Bayalali), f 1.50 ingkang dados urusan, samangke kula lêbêtakên dhatêng pambayaran panjênêngan tumrap wulan Pèbruari dumugi April 1930. Dados panjênêngan kêdah mangsulakên dhatêng sadhèrèk: Siswasudira ing Têras. Tumrap: administrasi, nomêr langkung kiyat tinimbang nami. Jêr nami kenging gontas-gantos.

Lêngganan nomêr 993 ing Gilitugêl (Têgal) wisêl f 3.50 punika ingkang f 0.50 tumran wulan Oktobêr '29, ingkang f 3, kangge Januari dumugi Juni '30. Dados wulan Nopèmbêr sarta Dhesèmbêr punika panjênêngan botên kapetang dados lêngganan.

Lêngganan nomêr 3840 ing Padhas, N.I.S., wisêl f 6 tumrap taun 1930 sampun katampi, nuwun.

VOLKSALMANAK JAWI 1930

Ngaturi uninga Volksalmanak Jawi 1930 sampun mèh têlas. Sintên ingkang dèrèng mundhut kaparênga tumuntên mundhut, eman manawi ngantos katêlasan. Makatên ugi angèngêtana, sintên ingkang pamundhutipun kathah, inggih badhe angsal pituwas, miturut pêpetangan kados ingkang kasêbut ing sêrat sêbaran. Bale Pustaka.

--- 1616 ---

Wêwaosan

Sirwenda lan Danurwenda

Anggitanipun Muhamat Dohiri

18

[Durma]

Dyan Pragola ngundhangi sagunging wadya / siyaga magut jurit / kinèn manjêr dludag / lurung-lurung pinasang / saênggon-ênggon kumitir / wadya pinacak / andhêdhêt siyang ratri //

têkèng jawi kitha wus samya jinaga / gêgêdhuging prajurit / tinugur lor wetan / kidul kulon warata / biting jinaga apipit / ya ta winarna / têmpuking pra prajurit //

sigra parêng umangsah sagung prawira / kumrutug angêbyuki / lir tumruning jawah / prahara aru-ara / gumuruh anggêgirisi / nanggala kunta / pêdhang kadya kêkitir //

pating srêbut badhama limpung candrasa / parêng tumêmpuk sami / pra wadya apanggah / wuri nalabung mêngsah / mungsuh rowang kèh ngêmasi / prajurit rucah / kailês tan tinolih //

rêmak rêmpu bala urakan kataman / ing bindi limpung piling / ramening ayuda / lir bêlah kang akasa / molah bumi gênjot gonjing / masinga nabda / lir gêlap barêng muni //

krodha mangsah mulat rowangnya kabranan / manduk manglimpung aglis / sumêbit kumlibat / kêni gulu wus pêgat / gumlundhung gêmbung gumlinting / agilang-gilang / mawor rahing turanggi //

ramening prang lor kidul kulon lan wetan / parêng têmpuh ing jurit / dhêdhêt mawalikan / lêbu mangampak-ampak / musus kasudiran sami / rah angalerab / mungsuh rowang wor siji //

tandang kiwul tamtama amutêr gada / sumêbit manabêti / wuru tindakira / lir sardula mêmangsa / bau mungsuh samya sêbit / sêmpal kabuncang / mangsah mungsuhe aglis //

pêdhangira pinutêr kadya kitiran / singa katrajang tapis / rangkêp papat rantas / jôngga kwèh ingkang pêgat / gumlinting gumlundhung siti / giris umiyat / wuru riwuting jurit //

sumamburat rah muncrat utêk sumirat / para prawira mantri / cinandhak dhinupak / binanting anèng sela / mangsah akiwul kadya wil / kinuwêl pêjah / rinêbut ting saluwir //

pra prawira Mataram lan Pasantênan / tanggon dènnya ajurit / lir manêngkêr wiyat / binarung barêng surak / kêndhang gong gurnang thongthonggrit / gubar wurahan / kalasôngka lan suling //

pra tamtama prawira mantri manggala / kumrab arêbut dhingin / dyan kagila-gila / tandange mangsah yuda / rukêt marangkêp anarik / pêlak-pinêlak / kapêlak palu piling //

rukêt awor kèh kaliru lawan rowang / saking pêtêng nglimputi / paworing ayuda / kèh pêthuk padha kônca / hèh kônca uwalna nuli / sun wong Mataram / sigra wal kalihnèki //

wênèh rukêt gumulung ulêng-ulêngan / nulya sora nabda ris / sun wong Pasantênan / ah ora sira mêngsah / dudu lho titikên mami / mara mêlèka / sun dudu wong Matawis //

lah uculna aja nunggangi maringwang / untuku rampal saja /Guru lagu seharusnya 7i : untuku rampal siji. ta enggal uculna / dhadhaku babak bunyak / tan wus ramening ajurit / kasapih marang / hyang arka manjing wukir //

tinitiran ing têtêg mundur ing yuda / pasanggrahan prasami / sagung para wadya / ngênting asuka-suka / surak lir sundhul wiyati / mlètèr mataya / wuru waragang sami //

mangkya ingkang samya suka-suka ing tyas / warnanên ingkang kanin / gêrêng-gêrêng sambat / rabine anggung maras / datansah dènnya nangisi / sêdhêng pasihan / lumuh pisah lan laki //

kawarnaa enjang anêtêg têngara / kêndhang gong gubar bèri / gong maguru gôngsa / thongthonggrit mawurahan / suraking wadya mêlingi / gumrêgut kumrab / singa nabda gora njrit //

Pasantênan wadyanya krura mapanggah / rame têmpuhing jurit / lir têdhuh ing mega / isi mala durmala / yayah numpês sining bumi / ya ta mangkana / solahing pra prajurit //

para mantri tamtama mangsah makrura / kumitir palu piling / ana limpung kunta / nanggala myang candrasa / kèh kang pêgat lambungnèki / butêng suranya / ngiwut awuru gêtih //

kombak kambah kèdêk prang wadya Mataram / Wiraguna ningali / wadyane kasrakat / kèlês karoban lawan / mlumpat ing madyaning baris / mutêr limpungnya / tumpês ingkang nadhahi //

krodha wuru Wiraguna ing palagan / mutêr limpung ngajrihi / kumitir nèng asta / singa katrajang dhadhal / pêdhang sinabêt asêbit / wangsul amanclas / janggane kang darbèni //

sinawatkên limpunge ngênani wadya / rêbah pating gulinting / ngalasah sulayah / cinandhak pêdhangira / riwut nganan riwut wuri / kadya sardula / môngsa mangsah mêmati //

ingkang kêni bau pêgat wêntis tatas / jôngga janggane sêbit / tiba pating glethak / prajurit Pasantênan / mawut mawur maras miris / samya sar-saran / mlayu tan tolih wuri //

Pangkur

warnanên Radèn Pragola / duk umiyat wadyane sor ing jurit / samêkta siyagèng pupuh / angagêm kêre waja / gya malumpat anèng pabaratan mamprung / kumitir gada nèng asta / tinon angajrih-ajrihi //

suraking wadya gumêrah / kadi gora prahara angèbêki / Pragola upaminipun / kang jaladri sudira / kinarubut rinarampog ngalor ngidul / kadya buron kidang sangsam / kinrubut kinêpung pipit //

angiwut Pragola mangsah / gadanira tansah amobat-mabit / wadya kang samya mangrubut / mêdhang numbak badhama / parandene tan ana ingkang tumanduk / tan karasa kang tumama / tan paja dhèdhèl kang kulit //

wadya rêbah kasulayah / anggalasah kang samya angêbyuki / anggalasah kapalupuh / kêna rata lan kisma / Dyan Pragola sangsaya krura mangiwut / pêpêjah pating gulimpang /

--- 1617 ---

kèh polo malopor mili //

wênèh rêmak iga gigal / kèh rumangkang pukang akiwir-kiwir / kêsampar-sampar kêsandhung / cinandak wus dèn ikal / karya ngamuk nguwak-awik kèh kang rêmuk / butêng Pragola mêmangkrak / kèh dhadhal dèn obrak-abrik //

mobat-mabit Dyan Pragola / tandangira nirbaya ing ngajurit / kwèh sêmpal baune putus / rampal janggane pagas / samya kêkês gumêtêr wadya Matarum / de bangke asungsun tumpang / gambira prajurit Pathi //

Ki Tumênggung Wiraguna / muntap krodha umangsah ambêk pati / sinurak wadya gumuruh / mulat Radyan Pragola / sirna kabèh ing tyas katakutanipun / mangkarak mahambêk pêjah / wuwuh krodhane mêdèni //

sora nabda Wiraguna / hèh Pragola nututa sun talèni / sun aturakên sang prabu / pagene ambalela / dene lumuh seba mring praja Matarum / baya sira ngêmping lara / tanapi anggenjah pati //

sugal Pragola manabda / lah ta sira Wiraguna wong jirih / pantês bae suka tundhuk / kaprawiranta sirna / lah rêbutên Pragola sudirèng pupuh / yèn sira kumudu ngajap / anèng donya bosên urip //

gadadagadgada. Ki Wiraguna / sigra mangsah Pragola tinubruk glis / orêg sagung kang andulu / surak amawurahan / sigra parêng mangsah têmpuk rog magapyuk / rukêt udrêg maputêran / saut-sinaut agênti //

manêpak sarêng manampak / kosik uwal rame sêbit-sinêbit / tarik-tinarik gumrêgut / okol lir singa lodra / guling-guling kagulung kadya gumulung / Wiraguna kinakahan / cinandhak tininggil-tinggil //

pinutêr dèn ikal-ikal / gya binuwang sêbut tibane têbih / pra wadya surak gumuruh / yayah sundhul akasa / binarung ing kêndhang gong saruni puksur / tinêtêg têngara ngangkang / pratôndha mundur ing jurit //

pasangrahan ing Mataram / samya kêkês miris solahing jurit / kunêng mangkya kang winuwus / sagung kang pra prawira / tinimbalan umarak ngarsa sang prabu / dinangu solahing yuda / Wiraguna awotsari //

pukulun rama paduka / tuhu lamun prawira ing ngajurit / wadya paduka Matarum / kwèh kang manggya palastra / miwah kathah ingkang sami nandhang tatu / kapamuk Radyan Pragola / tan ana kang mônggapulih //

ingkang golong-golong dhadhal / swuh katampêk amung astane kering / mangsah malih prawira nung / pêjah pinupuh gada / angajrihi Dyan Pragola tandangipun / sri narendra angandika / lah ta dina benjing-enjing //

sun pribadi yun uninga / paran baya solahe ing ngajurit / marma pra wadya sadarum / parêng angêbyukana / kinrubuta Paman Pragola digupuh / dening sakèh pra prawira / lan sagung para prajurit //

nadyan sungsuma gêgala / otot kawat bêbalung purasani / wong siji yêkti kapikut / lamun pêksa apanggah / sinosoga ganjur watang tumbak suduk / sandika kang tampi dhawah / kawarna wus bangun enjing //

kêndhang gong bèri wurahan / tinêtêgan têngara magut jurit / Pragola mêdali pupuh / sarwi sora sêsumbar / lah ta kene êndi andêle ing pupuh / ingkang melik tinjo kerat / papagna ing yuda mami //

warnanên wadya Mataram / cancut tandang nêdya prang amêkasi / kadya kinilèn tyasipun / mêtu ambêke sura / sirna larut tan ana kang ajrih lampus / gumêrah samya tyas sura / kumrubut mahambêk pati //

mangkrak gumuruh wurahan / parêng mangsah prawira wiramantri / kinubêng-kubêng kinêpung / yayah kadi ambêngan / Dyan Pragola kang môngka ambênganipun / kinrubut datansah molah / mobat-mabit nganan ngering //

lêbu kumêtuk ulêkan / dhêdhêt pêtêng lêbu ngampak-ampaki / tan kèndêl pangamukipun / sagung wadya Mataram / rangkêp tiga sakawan sapupuh lampus / kang kasampe kang kasampar / ing pêdhang rêbah asêbit //

kang kinêmpit ing cangklakan / sirah rêmuk mata mêtu mandêlik / muwêr riwut wuru marus / singa ngrêp kapracondhang / lêsu lêsah sayah dènirarsa mikut / kabèh tan ana kawawa / nanggulang krodhaning jurit //

kèh matyèng têngah palagan / wênèh ngungsi kasusu takut mati / tunjang-tinunjang gumabrug / nabda sru Wiraguna / hèh prawira ya gene ngucir lumayu / apa gunanta ing karya / ala-alaning dumadi //

dene padha wêdi pêjah / lamun padha ngantêpkên tyas prajurit / yêkti suka matyèng pupuh / sura sudira ing prang / yèku môngka patukoning sawarga gung / saiba saijab-ijab / dosane kang wêdi mati //

ing kerat manggya naraka / anèng donya manggya ujar tan bêcik / tiwas têmên uripipun / mati pati urakan / kèhing titah lumrah ngarah ingkang ayu / yèn mêksa kumudu ala / tan pantês mawor dumadi //

sagunging wadya Mataram / duk miyarsa Wiraguna pêpeling / kadya kinilèn tyasipun / wangsul sudiranira / ilang kabèh jirih miwah girisipun / jêjêl muyêk barêng ngrêbat / kumrubut mimbuhi manis //

10. Pêjahipun Adipati Pragola dening Sinuhun Sultan Agung ing Mataram.

Dhandhanggula

tinarajang Pragola ing jurit / ana ingkang mandhi gadanira / miwah kumitir pêdhange / sasolah-solahipun / pra prawira ngebat-ebeti / tuhu jaya sri têka / ing pratandhanipun / dhêdhêt soroting baskara / katawêngan ing pêtêng blêdug nglimputi / kadya ingkang ampuhan //

tiningalan angajrih-ajrihi / kadi datan sangsaya ing yuda / Dyan Pragola sajatine / tuhu prajurit punjul / nanging nora bisa nyandhêti / ardèng tyas ngôngsa-ôngsa / dènnya gung brêkunung / tan mangan ujar prayoga / sang pandhita tuture têmah tinampik / pinaitkên kewala //

ninggal wulang kang mrih mring utami / pan sang wiku gunawan sarjana / wruh mring ala wêkasane / lan wêkas ingkang ayu / samubarang kang durung klair / wus cêtha anarawang / saking trêsnanipun / datansah dènnya amênggak / parandene ujar tama wus kawuri / kalulun kèlu ala //

pati-pati kudu anguwisi / mukul yuda mrih ing bumintara / aywana kaya dhèwèke / têmah pinukul pupuh / marang wadya sri narapati / winisesa ing yuda / nêngna kang cinatur / solahing wadya ing rana / sangsaya gung tinalabung saking wuri / sira Radyan Pragola //

nganan ngering rampak parêng pulih / Dyan Pragola rodra wulatira / sumêrot tandange mamèt / jiwaning kanang mungsuh / gumalasah akèh pêpati / rinangkêp adu kumba / binuwang [binu...]

--- 1618 ---

[...wang] jinagur / kunêng wadya Ngèksigônda / anamakkên candrasa badhama piling / Pragola mutêr pêdhang //

rangkêp loro têlu tigas pacing / Dyan Pragola kinêpung gêgaman / wuwuh butêng pangiwute / sanjata kang tumanduk / datan ana ingkang nêdhasi / tumbak tumamèng jaja / matêmah mangkêluk / kang pêdhang tikêl kabuncang / amancêlat kasingsal tibane têbih / sanjata tanpa guna //

rêmuk-rêmpak tan ana nêdhasi / kwèhing langkap lumêpas lir jawah / Radyan Pragola tan mèngèng / tiniban panah brubul / pupuk datan ana nêdhasi / akrodha Wiraguna / mlumpat ngikal lawung / manrangbaya nir wikara / awas mulat Pragola sigra mrêpêki / Tumênggung Wiraguna //

boya kewran Pragola ing jurit / ngobrak-abrik panyiptane driya / darapon sangêt krodhane / narendra ing Matarum / têmah dadya têmu pribadi / ngadoni bôndhayuda / kalawan wak ingsun / kapocoka murdanira / ingsun cangking dimène ingsun ing benjing / umadêg naranata //

kapiyak wadya kang ngêpang sami / yun-ayunan lawan Wiraguna / Pragola asru wuwuse / hèh Wiraguna gupuh / lah rêbutên ing yuda mami / iki Radèn Pragola / kang kaloka kasub / mara ta rene tamakna / lawungira sun tadhahi jaja mami / yèn dhuwur ingsun lunjak //

liwung krodha abêndu tan sipi / Wiraguna manglawung cinandhak / kagiri-giri solahe / samya sudirèng pupuh / dangu tansah tarik-tinarik / nguwati panariknya / Pragola gya mutung / lawung katikêl binuwang / gapyuk samya kuwêl kagulung gumuling / sinurak mawurahan //

wontên ingkang malètèr angibing / saking bungah myat kang bôndayuda / Dyan Pragola pamêluke / sarosa gya binêkuk / Wiraguna tininggil-tinggil / karya pangeram-eram / ingikal mandhuwur / binanting binuwang têbah / suraking kang prajurit barêng anjêrit / yayah manêngkêr wiyat //

sangêt suka sang sri narapati / umyat marang kang jaya ing yuda / mangkana panglocitane / Paman Pragola tuhu / prawira prang pilih kang tandhing / pantês kalamun dadya / senopatya pupuh / emane dene balela / kumalungkung adigang-adigung êdir / ngandêlkên adiguna //

ngawulèngsun têmah datan apti / kudu-kudu umadêg priyôngga / murina dèn long bawahe / kunêng Jêng Sultan Agung / duk umiyat tindhihing jurit / Tumênggung Wiraguna / binanting jinagur / kumêsar sajroning driya / marma dahat dukane sri narapati / jaja bang winga-winga //

jumênênng sing palênggahannèki / orêg para wadya ing Mataram / tinêtêg jurit kasapèh / hyang surya wus mèh surup / samya masanggrahan prasami / unggyane sowang-sowang / kunêng duk ing dalu / sri naranata ngandika / mring Tumênggung Wiraguna lingira ris / hèh bapa benjang-enjang //

manira yun miyosi pribadi / aywa ana mèlu ngrabasèng prang / dèn ajêg tata barise / samya manggona pungkur / sun yun uning pira kiyating / paman adi Pragola / ing sajroning pupuh / dene ta kagila-gila / ing solahe kaya banthèng tawan kanin / tan pasah tilas grenda //

diprayitna ywa wêweka benjing / tur sandika wau kang liningan / nêmbah anulya lumèngsèr / kawarnaa sang prabu / têdhak maring sanggrahan aglis / mangun manungku puja / ngêningkên pandulu / nêgês karsaning Hyang Suksma / mrih widada dadine dènnya ajurit / sidhakêp suku tunggal //

layap-layap kliyêping samadi / sami sanalika katarima / kang pinêlêng pangêninge / kayaktèn tandhanipun / wela-wela katingal saking / jro pramananing netra / sumirat narawung / karasa ing dalêm rahsa / rasaning Hyang kang murba misesèng urip / ngandika kun kawasa //

wal jumbuhe panunggal kajatin / nulya mudhar saking pamêlêngan / mangkya warnanên enjinge / wadya surak gumuruh / tinêtêgan kêndhang gong bèri / tambur gurnang wurahan / thongthong gubar puksur / kadya ambêlah akasa / wus umijil kamot sagêgaman jurit / wau sri naranata //

sinurakan manêngkêr wiyati / kawuwusa Rahadyan Pragola / wrin sang prabu komungsuhe / gumragap têmah gugup / kadhinginan dènnya miyosi / anggènnya kêre waja / têmah tan dèn pundhut / baya karsaning Hyang Suksma / wus tumêka pelinge duk nguni-uni / Sirwenda Danurwenda //

nêngna sida ngadoni ing jurit / sultan nguwuh hèh Paman Pragola / paran kang dados karsane / dene têka tan ngetung / gèn paduka karya pêpati / lah sumôngga nungkula / supadya manggyayu / sugal Pragola manabda / anak prabu yèn bapa kinèn sumiwi / lêhêng matyèng palagan //

kawuwusa jêng sri narapati / bêndu tandya anarik curiga / Pragola cukat endhane / tangkis-tinangkis gupuh / awas mulat sri narapati / lena Pragola endha / jajanya sinujuk / amblês tumêkèng walikat / anjêrbabah Pragola tan minta warih / gumulung anèng kisma //

lantarane tumêka ing pati / dènnya yuda apan nora lama / gumêrah wadya surake / binarung kêndhang tambur / kadya bêlah ing ngawiyati / kunêng wadya Mataram / gumêrah kumrubut / jro kutha jinarah rayah / ingkang bôngga prasamya dipun patèni / jro pura kèh pêpatya //

têlas dènnya manggita ing tulis / rusaking kang praja Pasantênan / tata raharja wurine / tatas rubedanipun / sagung ingkang kawula alit / ririh tulus mèt boga / raras dènnya ngruruh / srining praja sinêngkalan / na pandhita pirsa mring obahe nagri /Sengkalan: pandhita pirsa mring obahe nagri (1627 A.D.). tataning taun surya //

(Tamat)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 103-104, 26 Rêjêb Taun Ehe 1860, 28 Dhesèmbêr 1929, Taun IV

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1619] ---

Ôngka 103-104, 26 Rêjêb Taun Ehe 1860, 28 Dhesèmbêr 1929, Taun IV

Kajawèn

Nomêr Jawi Wetan

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Kitha Surabaya

[Grafik]

Kitha Surabaya dipun tingali saking gêgana.

--- 1620 ---

Andharan Sawatawis ing Bab Kawontênanipun Propènsi Jawi Wetan

Karanganipun Paduka Tuwan Gupêrnur Jawi Wetan.

Wêdalipun Kajawèn ing dintên punika dipun cakkên: nomêr Jawi Wetan, maligi namung [...]Naskah rusak (dan di tempat lain). ing bab kawontênan ingkang pinanggih ing Jawi Wetan. Mênggah laladan Jawi Wetan punika kala tanggal [...] Januari 1928 dipun inggahakên darajatipun, kadadosakên laladan ingkang madêg piyambak, lan malih kuwaos nyêpêng sawarnining kabêtahanipun, inggih punika laladan: Propènsi Jawi Wetan.

[Grafik]

Paduka Tuwan W.Ch. Hardeman Gupêrnur Propènsi Jawi Wetan.

Ing bab nêrangakên tuwin mawas dhatêng sawênèhing laladan dalah têtiyangipun, kados ing Jawi Wetan punika (miturut pèngêtan wêkasan piyambak) ingkang cacah jiwanipun kintên-kintên 13½ yuta,§ Bôngsa Eropah 54397, bôngsa mônca wetanan 154305, tiyang siti, 13226434, gunggung 13435136. wiyaring siti 47703 km2, têtanèn ingkang agêng, panggaotanipun ingkang kalêbêt panggaotan donya, among dagangipun, kathahing bôngsa warni-warni ingkang dêdunung ing ngriku, hawanipun, kawontênaning sitinipun, têtiyangipun ingkang wiwit tangi kasagêdanipun, punika sanadyan dipun cêkaka inggih tamtu taksih panjang, langkung panjang tinimbang karangan ingkang limrahipun kapacak wontên ing kalawarti.

Ananging sarèhning kathah têtiyang ingkang nyêkapi kasagêdanipun badhe ngarang ing bab warni-warni ingkang wigatos tumrap kawontênanipun Propènsi Jawi Wetan, dados karangan punika namung dhapur kadamêl bêbuka rêringkêsan kemawon.

Wiwit kala tanggal 1 Juli 1928 watês-watêsipun tanah Jawi Wetan dipun têtêpakên dening parentah. Sadèrèngipun wontên tatanan ingkang kados makatên, têtêmbungan: Jawi Wetan, punika ugi sampun kawrat wontên ing sêrat-sêrat, atêgês: pulo Jawi ingkang sisih wetan, ananging ing pundi watêsipun Jawi Têngah kalihan Jawi Wetan, punika dèrèng gumathok. Kala rumiyin, paresidhenan Rêmbang tuwin Madiun, trêkadhang kagolongakên Jawi Têngah, trêkadhang kagolong Jawi

--- 1621 ---

Wetan. Ing sapunika Rêmbang wau kabage kalih, ingkang sapalih kalêbêt Jawi Wetan, dene gêwès Madiun kalêbêt Jawi Wetan sadaya. Dados sapunika, Jawi Wetan punika wêwêngkonipun ingkang sisih kilèn dumugi têlêngipun kasusilan Jawi, ingkang sisih wetan dumugi supitan Bali. Ugi anggayut kapuloan Kangean, ingkang isi bôngsa warni-warni, ingkang beda-beda asli, panggêsangan kuwin tatacaranipun, ananging kawontênanipun ugi taksih gêgandhengan, ingkang atêgês mujudakên sabôngsa. Sadaya wau ingkang dados plawangan tumindaking ekonominipun dumunung wontên Surabaya, inggih punika kitha agêng ingkang dados pusêring kêkiyatanipun ekonomi tuwin kasagêdan.

[Grafik]

Ing sapunika kator Gupêrnur Jawi Wetan sawêg kadamêl, manawi [...]

Nanging têtiyang sampun ngintên, bilih ingkang linangkung punika namung Surabaya kemawon, awit salêbêtipun Propènsi Jawi Wetan inggih wontên têlêng kalangkungan sanèsipun malih. Ingkang kathah-kathah ugi anggadhahi wêwêngkon wiyar. Kabupatèn [...]

--- 1622 ---

[...]

mbut damêl angajêngakên laladan wau.

Kathah prakawis-prakawis, ingkang rumiyin namung dipun tata ing nginggil, utawi ingkang dhatêngipun namung saking nginggil kemawon, sapunika tumindak dipun tandangi piyambak. Paprentahan kabupatèn dipun paringi panguwaos marentah bawahipun piyambak. Kabêtahanipun dipun tindakakên dening satunggiling rad, ingkang madêg saking wêwakiling têtiyang ingkang manggèn salêbêting kabupatènipun.

Inggih lêrês tatanan enggal wau tumindakipun dèrèng jangkêp sataun, nanging wontênipun salêbêting parêpatan, têtiyangipun ingkang tumindak ing

--- 1623 ---

damêl sami katingal gambira ing manah. Pangarsaning kabupatèn-kabupatèn wau tumindaking paprentahanipun amanggih wawasan kathah, tuwin paham sangêt dhatêng bab anjagi tuwin angayomi kawilujênganing rakyat agêng alit. Pangagêng ingkang makatên punika botên kenging botên tamtu gadhah daya tuwin angajêngakên tiyang enggal ingkang dipun ajak sêsarêngan nyêpêng paprentahan tuwin anjagi kawilujêngan umum, ingkang migunani ing têmbe wingkingipun.

Kajawi makatên, tiyang ugi rumaos bingah, amargi katingal, bilih tiyang siti ingkang gadhah wajib bab padamêlan ngajêngakên tanah Indhia langkung enggal wêwahing kathahipun. Tiyang siti ingkang golongan pinunjul ing kalangan pasrawungan gêsang kita punika, ingkang kuwajiban ngangkat tuwin ngupakara panggêsangan kita sêsarêngan, cacahipun saya wêwah-wêwah.

Ing sapunika tiyang siti ingkang dipun kengingakên tumut nindakakên padamêlan umum saya kathah cacahipun, kenging dipun ajêng-ajêng bilih ing golongan wau badhe kathah têtiyang enggal dhatêng, ingkang sagêd ngajêngakên kawilujêngan umum.

Warga ing Provincialen Raad 65, inggih punika ingkang 30 tiyang siti, 6 bôngsa ngamônca sanès Walandi, sanès-sanèsipun bôngsa Walandi, punika ingkang sapunika nyêpêng bot repoting laladan Jawi Wetan. Padamêlaning parentah ingkang langkung agêng tinimbang prêluning gêmintê tuwin kabupatèn, sampun wontên saperangan ingkang dipun pasrahakên dening parentah agung dhatêng bêstir propènsi. Kanthi lon-lonan pasrahan wau tansah wêwah-wêwah kathahipun.

Ing propènsi Pasundhan samampunsampun. kanyatan, bilih bêstir propènsi ingkang madêg piyambak punika tumindakipun damêl sagêd sae, tuwin padamêlan ingkang kapratelakakên ing nginggil sagêd dipun pasrahakên sadaya dhatêng wêwakiling rakyat wau.

Dados inggih botên nama anèh bilih ing Jawi Wetan ugi badhe kados makatên kadadosanipun. Inggih lêrês bilih propènsi ingkang enggal punika dèrèng nama diwasa, nanging sampun katingal tôndha yêktinipun ingkang nyêkapi, ngantos tiyang sagêd mastani, bilih badhe majêng kanthi kêkiyatan ingkang numrapi dhatêng kawilujêngan umum.

VOLKSALMANAK JAWI 1930

Ngaturi uninga Volksalmanak Jawi 1930 sampun mèh têlas. Sintên ingkang dèrèng mundhut kaparênga tumuntên mundhut, eman manawi ngantos katêlasan. Makatên ugi angèngêtana, sintên ingkang pamundhutipun kathah, inggih badhe angsal pituwas, miturut pêpetangan kados ingkang kasêbut ing sêrat sêbaran.

Bale Pustaka.

--- 1624 ---

Ringkêsanipun Babad Tanah Jawi Wetan

Ing ngandhap punika nyariyosakên babadipun tanah Jawi Wetan, wiwit abad ingkang kaping 10 dumugi abad ingkang kaping 16 kalayan rêringkêsan kemawon.

Karanganipun Tuwan Dr. Crucq

[Grafik]

Rêca Prabu Èrlangga, pinêtha Sang Hyang Wisnu nitih garudha.

Pindhahing karaton tuwin têlênging panguwasa dhatêng tanah Jawi Wetan punika sampun têtela kala Prabu Sindhok jumênêng nata, inggih puni.punika. Kanalikanalika. taun 929 kathah pangintên-intên ingkang sami mratelakakên sabab-sababipun pindhahing karaton wau. Ananging sarèhning sêdya kula punika namung badhe damêl ringkêsan, dados saking pamanggih kula, botên prêlu kula mijang-mijangakên sadaya pangintên-intên wau, kula anggêp sampun cêkap, bilih kula namung nyariyosakên sadaya lêlampahan ingkang sampun katêtêpakên mênggah kanyataanipun kados ing sawalik punika.

--- 1625 ---

Tanah Jawi Wetan punika jaman kinanipun tansah madêg piyambak, botên kaêrèh dhatêng tanah Jawi Têngah, dangu-dangu malah mênang panguwasa tinimbang kalihan tanah Jawi Têngah, ingkang suwaunipun langkung luhur karajanipun, wusana pusêring karajan Jawi pindhah dhatêng tanah Jawi Wetan. Piagêm-piagêm sarta candhi-candhi kathah ingkang tilaran saking jaman panjênênganipun Prabu Sindhok, sang prabu punika (Sri Ishana) kaanggêp ingkang nurunakên para ratu Jawi ngantos dumugi ing taun 1222, inggih punika titimôngsa jumênêngipun ratu Kèn Angrok wontên ing Singasari ing sasampunipun sagêd ngrêbat kaprabon.

Prabu Sindhok kagungan wayah putri satunggal asma Dèwi Mahendradata, krama pikantuk Sang Udayana. Dene Sang Udayana wau bokmanawi satunggiling darah luhur bôngsa Bali. Dèwi Mahendradata lan Sang Udayana lajêng sêsarêngan ngasta pusaraning praja Bali, nanging taksih kaêrèh dhatêng nata ing tanah Jawi. Putranipun sang dèwi nama Sri Èrlangga, katimbalan dhatêng tanah Jawi dening Prabu Dharmawangsa, lajêng kapundhut mantu kadhaupakên kalihan putrinipun sang nata piyambak. Dene kadospundi mênggah urut-urutanipun Prabu Dharmawangsa kalihan Prabu Sindhok punika botên têrang.

[Grafik]

Rêca Jaka Dholok, ingkang misuwur wontên ing Surabaya

Wontênipun utusan saking tanah Jawi dhatêng nagari Cina ingkang kapisan punika saking dhawuhipun Prabu Dharmawangsa wau. Sang prabu ugi marsudi sangêt dhatêng kasusastran Jawi. Awit saking karsanipun sang prabu Sêrat Mahabarata wiwit kagubah ing basa Jawi.

Sang prabu ugi dhawuh nglurugi praja Sriwijaya, satunggiling [satung...]

--- 1626 ---

[...giling] nagari agêng ing Sumatra, ingkang kintên-kintên inggih ambawahakên tanah Malaka. Bokmanawi inggih lurugan punika ingkang anjalari risaking prajanipun sang prabu, awit botên antawis dangu kalihan dhaupipun Èrlangga, karatonipun kagêmpur ing mêngsahipun sang prabu, inggih punika kalaning taun 1006, dene ingkang anggêmpur wau bokmanawi kemawon raja ing Wurawari kanthi pambiyantunipun nagari Sriwijaya. Namung kemawon gancaring pralaya wau taksih dèrèng kasumêrêpan.

Nalika bêdhahipun kraton wau Sri Èrlangga kêpêksa lolos sarta lajêng andhêlik ing pratapan sacêlakipun wana giri, kadhèrèkakên para abdi, sawênèhing abdi ingkang sakêlangkung sêtya nama Narotama, pawingkingipun kaangkat dados rakrêyan kanuruhan. Sarêng panguwasaning mêngsahipun Prabu Dharmawangsa saya suda, Sri Èrlangga sagêd ngrêbat karajanipun ingkang rama marasêpuh, malah-malah sagêd ngêlar jajahanipun, wusana satanah Jawi Wetan lan Bali sami têluk sadaya. Têlênging karajanipun Prabu Èrlangga dumunung wontên ing tanah radin urut lèpèn Brantas. Kangge anjagi sampun ngantos talatah ing ngriku kêbênan saking baludagipun lèpèn Brantas, pinggiring lèpèn wontên ingkang dipun tangguli. Ingkang makatên punika kajawi damêl rahajênging nagari ugi anjalari ajêngipun dagang layar. Sang prabu ugi ngajêngakên sangêt dhatêng kasusastran, kadosdene Sêrat Baratayuda lan Sêrat Arjunawiwaha punika panggubahipun inggih kala jaman panjênênganipun Prabu Èrlangga. Sang prabu ngêmên-êmênakên sangêt dhatêng agaminipun Wisnu. Rêcanipun Sang Hyang Wisnu ingkang misuwur pêndhêtan saking pasarean ing Bêlahan, ingkang sapunika wontên Majakêrta, punika bokmanawi kemawon minôngka pêpêthanipun sang prabu. Sadèrèngipun sang prabu sèlèh kaprabon badhe ambagawan, nagarinipun kaparingakên dhatêng putranipun kakung kalih sapalih edhang. Sedanipun sang prabu punika kintên-kintên kala taun 1043. Dene ingkang dipun wênangakên malih nagari dening sang prabu wau satunggiling bujôngga nama Barada. Nagari ingkang sapalih kanamakakên Janggala, ambawahakên tanah Pasuruan Surabaya, mangilèn dumugi watêsing nagari sisih kilèn. Nagari sapalihipun malih kanamakakên Kadhiri utawi Panjalu, kêtêlahipun nama nagari: Daha, katut namaning kitha karajanipun. Dene bawahipun inggih Kadhiri mangilèn dumugi watêsing nagari sisih kilèn. Pêpalihaning nagari wau lêstantun ngantos dumugi jaman karaton Majapait. Watêsing nagari kalih punika kawastanan pinggir raksa (têgêsipun: watês ingkang rinêksa), salong wujud tembok, dumugi samangke taksih wontên patilasaning tembok wau, pinanggih ing sapinggiring lèpèn Brantas lan lèpèn Lêksa.

Nagari Janggala botên lami lajêng kawon kaluhuran kalihan Kadhiri, mila jaman ingkang tumapak (kintên-kintên taun 1078 dumugi 1222) punika kenging kawastanan jaman Kadhiri.

Para nata Kadhiri ingkang misuwur inggih punika: Prabu Kamèswara I, bokmanawi ingkang wontênipun ing dêdongengan karan asma: Radèn Panji, lan Prabu Jayabaya ingkang kacariyosakên mêdhar jôngka kados ingkang kawrat ing Sêrat Jayabaya. Nalika jaman karaton Kadhiri punika kasusastran Jawi

--- 1627 ---

kaparsudi sangêt, babaraning pamarsudi awujud Sêrat Sumanasantaka, Smaradahana, Krêsnayana lan sanès-sanèsipun. Miturut sêrat-sêrat pratelan saking bôngsa Cina jaman samantên, nagari Kadhiri punika sugih lan kuwasa, kenging kasamèkakên kalihan nagari Sriwijaya.

Ing taun 1222 kaluhuraning para ratu trahipun Prabu Isana sirna sarêng kalihan karaton Kadhiri. Lajêng kagêntosan dening trah sanès, inggih punika wiwit Kèn Angrok têrah-tumêrah.

Sêrat Pararaton satunggiling babad ingkang misuwur, ing kawitan anyariyosakên lêlampahanipun Kèn Angrok punika. Kala taksih lare Kèn Angrok wau warni-warni sangêt lêlampahanipun. Sarêng sampun diwasa sagêd nyêpêng panguwasa ing Tumapêl bawah Kadhiri sarana mêjahi akuwunipun ingkang nama Tunggul Amêtung lan ngrabèni randhanipun sang akuwu ingkang nama Kèn Dhêdhês. Salajêngipun Kèn Angrok sagêd nênêlukakên wontên ing wêwêngkon nagari Janggala ingkang sampun pêcah-pêcah. Saking sabiyantunipun para pandhita ing Kadhiri ingkang sami pasulayan kalihan Sang Prabu Krêtajaya, Kèn Angrok lajêng madêg piyambak, satêmah dados jalaraning pêrang. Sarêng Sang Prabu Krêtajaya kawon pêrangipun wontên ing Gantêr, ing taun 1222 kitha Kadhiri kenging karêbat dening Kèn Angrok. Wiwit kala samantên talatah tanah Jawi Wetan lajêng dados satunggal malih karèh dhatêng Kèn Angrok. Ingkang sajumênêngipun ratu ajêjuluk: Sri Ranggah Rajasa, dene jêjulukipun piridan saking asmaning dewa inggih punika: Sang Amurwabumi. Kala ing taun 1227 sang prabu seda kacidra saking pakènipun ingkang putra kuwalon, nama Anusapati, patutanipun Kèn Dhêdhês kalihan Tunggul Amêtung. Panyidranipun sarana kasuduk ing dhuwung damêlanipun Êmpu Gandring, inggih punika dhuwung ingkang kala rumiyin kaagêm sang prabu kangge nyidra Tunggul Amêtung. Sasedanipun sang prabu, layonipun lajêng kacandhi wontên ing Kagênêngan. Ingkang gumantos jumênêng ratu Sang Anusapati, wiwit taun 1227 dumugi taun 1248. Ing taun 1248 Prabu Anusapati gêntos cidrani dhatêng Tohjaya, putranipun Sri Rajasa saking garwa ampeyan. Layonipun Prabu Anusapati kacandhi wontên ing Kidal.

Prabu Tohjaya anggènipun jumênêng nata namung sakêdhap. Saking ajrihipun sang prabu dhatêng sadhèrèkipun nak-sanak kêkalih, inggih punika Sang Ranggawuni (putranipun Sang Anusapati) lan Sang Maisa Campaka (putranipun Sang Maisa Wongatêlêng, inggih punika putranipun Sri Rajasa kalihan Kèn Dhêdhês) lajêng ambudidaya murih sagêdipun nyirnakakên sadhèrèk kêkalih wau, nanging wusananipun sang prabu malah lajêng kamêngsah dening para abdinipun ing karaton ingkang sami botên rêmên ngantos kêpêksa lolos, wusana wontên ing margi seda pinarjaya. Layonipun kacandhi ing Katanglumbang.

Sasedanipun Prabu Tohjaya, ingkang anggêntosi jumênêng nata Sang Ranggawuni, ajêjuluk Sri Wisnuwardhana. Sadhèrèkipun nak-sanak, inggih punika Sang Maisa Campaka kaangkat dados ratu Angabaya, jêjuluk Nara Singamurti.

Prabu Wisnuwardhana sagêd anêlukakên Maibit, kithanipun Sang Linggapati. Maibit wau bokmanawi [bokma...]

--- 1628 ---

[...nawi] kemawon tilas jajahan Janggala ingkang botên purun nungkul.

Kala ing taun 1254 sang prabu anjumênêngakên putranipun dados pangeran adipati anom wontên ing Kutharaja. Wiwit kala punika Kutharaja kapindhah nama Singasari. Pangeran dipati anom wau têmbenipun jumênêng nata ajêjuluk, Sri Krêtanagara. Saking dhawuhipun Prabu Wisnuwardhana Canggulor dipun santosani, wusana pawingkingipun lajêng dados palabuhanipun kitha Majapait. Kala ing taun 1268 Prabu Wisnuwardhana seda, lajêng kacandhi wontên ing kalih panggenan, inggih punika ing candhi Walèri mawi rêca pêpêthanipun sang nata dipun wujudakên Sang Hyang Siwah, lan ing candhi Jago mawi dipun wujudi rêca kaistha Amogapasa, nata ing Tumapêl ingkang seda krana Allah, inggih namung Sang Prabu Wisnuwardhana punika piyambak.

Putranipun inggih punika Prabu Krêtanagara, anggènipun jumênêng nata wiwit taun 1268 ngantos dumugi taun 1292. Sang prabu wau satunggiling nata ingkang nganèh-anèhi sangêt. Wontên ing Sêrat Nagarakrêtagama damêlanipun bujôngga Prapanca, asmanipun sang prabu kaunggul-unggulakên sangêt, jalaran sang nata punika marsudi lan rêmên sangêt dhatêng agami Budha. Sang prabu kaparêng ngarang Sêrat Rajapati Gundhala, ingkang nyariyosakên babagan agami. Sang prabu ugi dhawuh anjumênêngakên Jingna utawi Dhyani Budha dhatêng saliranipun piyambak, bab punika dumugi samangke taksih wontên tôndha yêktinipun, inggih punika rêca Aksobya ing Surabaya ingkang karan Jaka Dholog. Wontên ing Sêrat Pararaton, Sang Prabu Krêtanagara kacariyosakên majêng sangêt dhatêng among suka, tuwin malih tuna ing pambudi miwah dugi lan prayogi, saking karêmipun ngunjuk ngantos anglirwakakên dhatêng pangrèhing praja, nanging bab punika botên kenging katamtokakên yêktos lan botênipun. Ingkang prêlu kawigatosakên punika dêrênging galihipun sang prabu anggènipun tansah badhe ngêlar jajahan. Bokmanawi kemawon karsanipun sang prabu makatên wau dipun biyantu sangêt ing patihipun enggal, nama Kêbo Têngah Aragani, gêgêntosipun Patih Raganata. Dene Patih Raganata wau anggènipun dipun gêntos patih enggal punika bokmanawi jalaran botên purun ngrojongi dhatêng sadaya gagrag enggal karsanipun sang prabu.

Prabu Krêtanagara kêlampahan sagêd nênêlukakên, kados ta ing Bali lan Malayu (Jambi). Lurugan ingkang agêng-agêngan saèstu inggih ingkang dhatêng Malayu punika. Kawusananing pêpêrangan bôngsa Jawi kêlampahan sagêd gadhah karajan jajahan wontên ing pulo Sumatra. Awit saking punika pangawasanipun karajan Sriwijaya sudanipun lajêng kathah sangêt, môngka bokmanawi kemawon praja Sriwijaya mêntas kacilakan, jalaran anggènipun ngêlurugakên wadyabala dhatêng Selon botên angsal damêl malah karisakan.

Wusananipun Prabu Krêtanagara piyambak manggih cintaka, bakunipun jalaran saking pandamêlipun Arya Wiraraja, jêjênêngipun sang prabu ingkang wontên ing Sumênêp ing pulo Madura. Arya Wiraraja sakuthon kalihan Sang Jayakatwang jêjênêng nata ing praja Kadhiri, badhe ambalela dhatêng sang prabu. Sang Jayakatwang [Jaya...]

--- 1629 ---

[...katwang] wau bokmanawi taksih trahipun Prabu Èrlangga. Kêkênthêlaning manah badhe nglurug dhatêng Singasari, lajêng ngangkatakên prajurit kalih prangkatan, ingkang saprangkatan golongan prajurit arahan, lampahipun mêdal lèr kanthi rame-rame ambêkta gôngsa lan umbul-umbul, ingkang saprangkatan malih prajurit pêpilihan, lampahipun mêdal kidul dhêdhêmitan.

Sarêng prajurit ingkang mêdal margi sisih lèr nêmpuh, Prabu Krêtanagara dhawuh angêrigakên balanipun sadaya, ingkang kapatah nyenapatèni putra mantunipun sang nata kêkalih, inggih punika Radèn Wijaya, wayahipun Nara Singamurti, lan Sang Ardharaja. Môngka punika putranipun Jayakatwang ing Kadhiri. Wadyabala Kadhiri ingkang mêdal lèr kalampahan kenging kaundurakên, ananging wadyabala ingkang mêdal kidul sagêd nungkêb karaton Singasari, sang prabu, patih, para nayaka lan pandhita pintên-pintên sami manggih tiwas. Salajêngipun Sang Ardharaja ngoncati paprangan, dene Radèn Wijaya kèngsêr, balanipun bibar sarsaran. Lampahipun Radèn Wijaya kêtula-tula, wusana dumugi panggenanipun Sang Wiraraja ing Madura. Ing ngriku Radèn Wijaya lajêng sarêmbag kalihan Sang Wiraraja badhe andamêl tiwasipun Sang Jayakatwang. Sang Wiraraja suka pitêdah dhatêng Radèn Wijaya, kapurih marak Sang Jayakatwang rewa-rewa nungkul ngiras pados mitra ingkang purun ambiyantu sêdyanipun. Sasampunipun lajêng kapurih dêdunung ing Wanatrik ingkang badhe kabikak kadadosakên dhusun dening tiyang saking Madura. Dhusun punika kanamakakên Majapait, cariyosipun jalaran ing ngriku wontên witipun maja ingkang wohipun pait.

Pitêdahipun Sang Wiraraja wau sadaya kagêga dening Radèn Wijaya sarta lajêng linampahan. Kêlêrêsan wontên lurugan saking nagari Cina, utusanipun Prabu Kubile, badhe malês ukum dhatêng Prabu Krêtanagara, jalaran saking panyamahipun Prabu Krêtanagara dhatêng utusanipun raja Cina. Senapatining prajurit Cina kenging kabujuk purun ambiyantu Radèn Wijaya anggènipun mêrangi Kadhiri. Kitha Daha (Kadhiri) bêdhah, Sang Jayakatwang kinunjara. Ing salajêngipun Radèn Wijaya sagêd nyingkirakên prajurit Cina ingkang sampun botên dipun bêtahakên pitulunganipun wau saking tanah Jawi sarana kajuligan. Wangsulipun prajurit Cina dhatêng nagarinipun botên angsal damêl punapa-punapa (1294).

Radèn Wijaya lajêng jumênêng ratu wiwitan ing Majapait, jêjuluk Prabu Krêtarajasa Jayawardhana. Sang Wiraraja kaangkat dados rakrêyan mantri, ngêrèhakên praja Majapait sisih wetan kados ingkang sampun kajagèkakên Radèn Wijaya.

Radèn Wijaya krama pikantuk putri sakawan putranipun Prabu Krêtanagara sadaya, garwa ingkang ênèm piyambak apêparab Dèwi Gayatri dados misuwur, jalaran ngasta panguwasa agêng sangêt ngantos dangu, limrahipun sinêbut Sang Rajapatni.

Pangastanipun paprentahan Radèn Wijaya rahajêng sagêd damêl tata têntrêming nagari, sarêng ing taun 1309 seda, lajêng kacandhi ing Sumbêrjati (rêca ingkang minôngka pêpêthanipun sang prabu sapunika wontên ing museum kitha Batawi).

Sang prabu dipun gêntosi ingkang putra patutanipun kalihan garwa ampeyan saking Sumatra, jêjuluk Prabu [Pra...]

--- 1630 ---

[...bu] Jayanagara. Sadangunipun Prabu Jayanagara jumênêng nata, kêrêp sangêt wontên kraman saking pandamêlipun para tilas andêl-andêlipun Radèn Wijaya, ingkang kala rumiyin sami ambiyantu pêrangipun Radèn Wijaya mêngsah Sang Jayakatwang, nanging lajêng sami kacuwan jalaran botên saèstu sagêd tampi ganjaran pangkat luhur kados ingkang sampun kajanjèkakên. Sadangunipun dahuru wau miturut cariyos Sêrat Pararaton, wontên satunggiling tiyang nama Mahapati ingkang damêlipun namung tansah nyetani.

Awit saking pangramanipun tiyang nama Kuthi, sang prabu kêpêksa oncat saking kadhaton, nanging saking pangrekadayanipun pangagênging prajurit ingkang ngrêksa sang prabu nama Gajahmada, sang prabu sagêd kondur malih dhatêng kadhaton têtêp anggènipun jumênêng nata. Gajahmada wau ing têmbe dados patih karaton Majapait ingkang misuwur piyambak. Nalika panjênênganipun Prabu Jayanagara wau, Gajahmada namung kaangkat dados patih ing Kadhiri.

Sang prabu kagungan sadhèrèk putri kalih sami putranipun putri Singasari. Saking karsanipun sang prabu putri kêkalih wau badhe kagarwa piyambak, jalaran sang prabu kagungan sumêlang, manawi putri kalih wau krama angsal tiyang sanès, bokmanawi ipe-ipe punika lajêng sami ngrêbat karaton. Mila saking dhawuhipun sang prabu: sadaya para satriya botên kalilan lumêbêt dhatêng Majapait. Sintên ingkang purun-purun nêrak wêwalêr punika badhe kaukum pêjah.

Kala jumênêngipun Prabu Jayanagara, pandamêlipun candhi Panataran dipun wiwiti.

Sarêng sang prabu anggènipun jumênêng nata sampun sawatawis laminipun, lajêng kacidra dening satunggiling dhoktêr kraton, minôngka piwalês anggènipun sang prabu damêl wirang dhatêng bojonipun dhoktêr wau. Sarèhning sang nata botên tilar putra, ing sasedanipun lajêng dipun gêntosi dhatêng sadhèrèkipun putri ingkang sêpuh, jêjuluk Sang Tribuwana Tungga Dèwi Jaya Wisnuwardhani, nanging anggènipun jumênêng nata namung minôngka sêsulihipun ingkang ibu Sang Gajapatni, putranipun Prabu Krêtanagara. Sang Tribuwana dhaup pikantuk Radèn Cakradhara (Krêtawardhana) pêputra miyos kakung ingkang têmbenipun jumênêng nata Majapait ingkang misuwur piyambak, inggih punika Prabu Hayamwuruk. Sang rajaputra wau miyosipun kala ing taun 1334.

Kala ing taun 1331 ing Majapait wontên kraman, nanging lajêng kenging kasirêp dhatêng Krêtawardhana lan Gajahmada. Gajahmada lajêng kajunjung dados patih. Gajahmada aprasêtya: botên badhe nêdha palapa, manawi sanusantara dèrèng têluk sadaya dhatêng Majapait. Nalika panjênênganipun Sang Tribuwana ugi sampun wontên jajahan ingkang katêlukakên, kados ta: Bali (mila katêlukakên jalaran sapêngkêripun Prabu Krêtanagara lajêng madêg piyambak malih, botên purun ngakêni kêrèh dhatêng karaton Jawi).

Nalika ing taun 1350 Sang Rajapatni seda, lan kala ing taun 1362 dipun pisungsung Sradha (pisungsung dhatêng para luhur ingkang sampun sami sumare) ing sasedanipun Sang Rajapatni, Sang Hayamwuruk jumênêng nata, jêjuluk Prabu Rajasanagara utawi Bra Sang Hyang Wêkasing Suka.

--- 1631 ---

Nalika jumênêngipun Prabu Hayamwuruk punika wiwitaning lêlampahan ingkang magêpokan kalihan Sundha. Sang prabu kagungan karsa mundhut garwa putranipun sang nata ing Sundha, sarta inggih kêlampahan sang nata Sundha sowan dhatêng Majapait ambêkta sang putri. Jalaran saking pangrekadayanipun Patih Gajahmada asêsèndhèn kaprêluaning praja, panampinipun sang putri Sundha botên badhe kacara satataning nampèni calon pramèswari, namung cara nampèni garwa pundhutan saking têlukan. Ingkang makatên wau anjalari prangipun nata Sundha mêngsah karaton Majapait wontên ing Bubat, Maharaja Sundha tumpês sabalanipun, botên watawis dangu putri Sundha ugi seda, dene sang prabu lajêng dhaup kalihan paduka Sori (Dèwi Iswari utawi Susumnadèwi) putrinipun Sang Wijayarajasa nata ing Wêngkêr, patutan kalihan bibinipun Prabu Hayamwuruk piyambak ingkang pêparab Brêdaya, putranipun putri Radèn Wijaya.

Sêrat Nagarakrêtagama anggitanipun Prapanca pangagênging para pandhita agama Budha, minôngka pangalêmbana dhatêng Sang Prabu Hayamwuruk, anyariyosakên tindakipun sang prabu pêpara anjajah nagari bawahipun, punapa malih nyariyosakên bab pranataning pangrèh praja, kawontênaning kitha Majapait, pambojana tuwin pahargyan, sadaya wau kacariyosakên cêtha lan anggalur.

Nalika jamanipun Prabu Hayamwuruk punika kawruh yêyasan ugi mumbul. Kala jaman wau pandamêlipun candhi Panataran dipun rampungakên. Candhi sanèsipun ingkang kaadêgakên ing jaman wau ugi kathah, kados ta: candhi Jabung, candhi Surawana, (inggih punika candhi pasareanipun Bre Wêngkêr), candhi Tegawangi (candhinipun Bre Mataun) ingkang krama angsal Bre Lasêm, inggih punika putri putra kapenakanipun Prabu Hayamwuruk, candhi Kêdhaton, candhi Pari lan sapanunggilanipun. Wontên malih candhi satunggil ingkang kadamêl mèngêti para brahmana lan nayaka ingkang sami dipun pêjahi sarêng kalihan [kali...]

--- 1632 ---

[...han] Prabu Krêtanagara. Kajawi punika candhi ingkang sampun lami lan risak ugi sami dipun dandosi.

Sêrat-sêrat ingkang kadamêl kala jaman kasêbut nginggil, kajawi Sêrat Nagarakrêtagama inggih kathah, kados ta: Sêrat Arjunawiwaha lan Sêrat Sutasoma, kalih pisan karanganipun Êmpu Tantular. Wontên malih sêrat nama Gajahmada, isi prakawis anggêr nagari. Mila kanamakakên Sêrat Gajahmada, jalaran sêrat wau kacariyos anggitanipun Patih Gajahmada.

Patih Gajahmada pêjahipun kala ing taun 1364, padamêlanipun lajêng kabage dhatêng tiyang sakawan, nanging sarêng sampun sawatawis laminipun, lajêng kawontênakên patih malih, inggih punika Patih Gajahênggon.

Kala ing taun 1389 Prabu Hayamwuruk seda, lajêng dipun gêntosi dhatêng putranipun mantu, kalêrês putra kapenakan, inggih punika putraning sadhèrèkipun putri sang nata: Dèwi Iswari. Nata enggal punika jêjuluk Prabu Wikramawardhana, dene putranipun Prabu Hayamwuruk ingkang kagarwa dening Prabu Wikramawardhana wau jêjuluk Dèwi Kusumawardhani. Prabu Hayamwuruk ugi kagungan putra kakung, asma Sang Wirabumi, ananging saking ampeyan, dados botên kagungan wêwênang anggêntosi ingkang rama, sarta nalika Prabu Hayamwuruk taksih jumênêng sampun kaparingan ngêrèh tanah Jawi poncot wetan. Nanging sarêng ingkang kagadhang anggêntosi Prabu Wikramawardhana punika putranipun putri sang nata, ingkang pêparab Suita sarta sampun krama pikantuk Bre Paramèswara, (wayahipun Radèn Sotor, sadhèrèkipun kuwalon Prabu Hayamwuruk) Sang Wirabumi lajêng mrêngkang, anjalari wontêning pêrang mêngsah kadang piyambak (1401-1406), sakawit Prabu Wikramawardhana sajak badhe kasoran nanging wusananipun Sang Wirabumi kawon sarta dipun pêjahi.

Pêrang mêngsah kadang piyambak punika wiwiting risakipun karaton Majapait, wusana karaton Majapait lajêng ringkih sangêt, sanagarinipun jajahan sawatawis sami ambalela madêg piyambak, wêwah-wêwah ing taun 1426 praja Majapait kêtrajang ing pacêklik. Kala ing taun 1429 Prabu Wikramawardhana seda, Dèwi Suita anggêntosi jumênêng nata dumugi taun 1447 lajêng dipun gêntosi dening sadhèrèkipun kuwalon, inggih punika Bre Tumapêl. Jumênêngipun Brê Tumapêl ngantos taun 1451. Dumugi samantên Sêrat Pararaton anggènipun nyariyosakên gontas-gantosing nata ing karaton Majapait lajêng wiwit saya kisruh, malah salajêngipun anggèning nyariyosakên para nata prasasat namung kacêkak kasêbutakên jêjulukipun kemawon. Wiwit taun 1453 dumugi taun 1456 praja Majapait komplang botên wontên ratunipun. Ratu Majapait trahipun Radèn Wijaya ingkang kantun piyambak, inggih punika Bre Pandhansalas seda kala ing taun 1478, ing taun punika karaton Majapait karêbat ing mêngsah, ananging sanès mêngsah tiyang Islam kados cariyosipun babad Jawi. Dene ingkang ngrêbat wau Prabu Girindrawardhana, darahing para nata Jawi ingkang ngagêm agama Hindhu ugi. Trahipun Prabu Girindrawardhana punika anggènipun ngasta pusaraning praja Majapait kintên-kintên [kintên-ki...]

--- 1633 ---

[...ntên] ngantos kawandasa taun laminipun, jalaran miturut sêrat pratelanipun bôngsa Portugis, kala wiwitanipun abad ingkang kaping nêmbêlas tanah pasisir sampun sami kêbawah dhatêng paprentahan Islam, ananging ing têngah-têngahing pulo Jawi ingkang madêg raja taksih kapir, malah dumugi taun 1541 nama Majapait taksih kêsêbut. Pangawasanipun karajan Majapait saya dangu saya kathah sangêt sudanipun, jalaran para bupati pasisir sami ngrasuk agami Islam, kala punapa sirnanipun babarpisan karaton Majapait punika botên kasumêrêpan têrang.

Tanah Jawi Wetan ing Sabakdanipun Jaman Majapait

Karanganipun Tuwan Dr. Th Pigeaud.

Ingkang anjawèkakên redhaksi Bale Pustaka

Babadipun tanah Jawi Wetan nalika jaman Majapait wêkasan sarta ing sabakdanipun ngantos dumugi têlukipun dhatêng para ratu ing Mataram, punika botên patosa kasumêrêpan têrang, dados botên beda kalihan babadipun talatah ing tanah Jawi sanès-sanèsipun ingkang kathah-kathah. Cêcriyosan Jawi ingkang nyariyosakên jaman samantên, namung sakêdhik wontênipun, ananging kenging kawastanan kêrêp ngocapakên nagari Balambangan, ingkang têlêngipun wontên ing tlatah kabupatèn Banyuwangi sapunika. Kala rumiyin nagari Balambangan wau jajahanipun kalêbêt jêmbar, mangilènipun anglangkungi Prabalingga, Jêmbêr lan Pugêr, têpang watês kalihan jajahanipun Adipati Pasuruan. Ingkang manggèn ing tlatah Balambangan jaman samantên, kenging kapasthèkakên yèn bôngsa Jawi. Têtiyang Madura bokmanawi kemawon dèrèng sami anjrak ing ngriku, botên kados sapunika, prasasat sampun dados tiyangipun bumi ingkang baku. Kala samantên cacah jiwanipun Balambangan taksih sakêdhik, botên beda kalihan talatah ing tanah Jawi sanès-sanèsipun. Gunggung kêmpalipun tiyang ing Balambangan kala samantên bokmanawi botên wontên saprasakawanipun cacah jiwa sapunika. Dhusun-dhusunipun taksih sami sêpên, dunungipun têbih-têbih pating prênca, kêlêlêtan wana agêng utawi bulak wiyar-wiyar, kenging kawastanan tanpa lêlayanan, sarta namung kaêrèhakên lêlurahipun piyambak-piyambak, ingkang prasasat botên mraduli dhatêng kuwasanipun ratu. Ingkang jumênêng ratu samantên ugi, anggêr: laranganipun botên wontên ingkang dipun têrak kemawon, sarta ajêg tampinipun bulubêkti, inggih sampun botên utawi prasasat botên mraduli dhatêng kawontênaning padhusunan.

Cêcriyosan ingkang nyariyosakên nagari Balambangan ing sadèrèngipun jaman Mataram botên kathah, ing ngriki namung badhe anggancarakên satunggal, ingkang gêgayutan kalihan babadipun Sunan Giri, inggih punika satunggiling wali misuwur ing tanah Jawi, ingkang pasareanipun wontên ing Giri sacêlakipun [sacê...]

--- 1634 ---

[...lakipun] Grêsik sarta sabên taun taksih dados pasujarahanipun tiyang maèwu-èwu. Miturut cêcriyosan, Sunan Giri wau putranipun Sèh Maolana Wali Lanang saking sabrang patutan kalihan putrinipun ratu ing Balambangan. Anggènipun sang putri katrimakakên dhatêng Sèh Wali Lanang wau jalaran punika ingkang maluyakakên sang putri nalika gêrah sangêt. Sarèhning anggènipun badhe ngislamakên Sèh Wali Lanang dhatêng sang prabu tanpa damêl, lajêng kesah saking Balambangan, putranipun Sèh Wali Lanang wau, dados wayahipun Sang Prabu Balambangan, pawingkingipun dêdunung ing Grêsik kalihan têtiyang Jawi plajêngan saking Balambangan ugi. Wiwit timur mila Sunan Giri wau dados muridipun Sunan Ngampèldênta, malah ngantos kapêndhêt putra sarta kasadhèrèkakên kalihan putranipun Sunan Ngampèl piyambakipun ingkang têmbenipun jêjuluk Sunan Bonang. Sunan Giri wau pawingkingipun sagêd nyêpêng panguwasa ing Giri sarta jumênêng raja pandhita jêjuluk Prabu Sètmata, dhatêng nagari Majapait sampun botên purun kêbawah. Wadyabala Majapait ingkang kalurugakên dhatêng ing Giri badhe nêlukakên sami kenging kaundurakên.

[Grafik]

Untapipun tiyang Tênggêr ingkang sami wontên ing pasir dhasar rêdi Brama, sami badhe nindakakên sidhêkah.

Karaton mardika ing Giri ingkang adêgipun kintên-kintên ing wiwitaning abad kaping 15, punika lêstantun ngantos jaman Mataram. Icaling kamardikanipun para sunan ing Giri sawêg jaman Sultan Agung Nyakrakusuma pêpêrangan, sarêng ing akiripun abad 17 ing Giri karisak dening Sunan Mangkurat II, sunan ing Giri ingkang wêkasan dipun sedani.

Miturut cacriyosanipun para sunan ing Giri wau sampun têtela, bilih kawêkasanipun jaman Majapait, ing Grêsik sarta Balambangan kalêbêt nagari [naga...]

--- 1635 ---

[...ri] ingkang mèmpêr sarta prasasat botên kêbawah dhatêng ratu Majapait. Ingkang makatên punika ugi kenging kapirid saking pakabaranipun têtiyang Eropah jaman samantên ingkang sami lêlayaran dhatêng pasisiripun tanah Jawi. Ingkang mêsthi nagari kêkalih ing Grêsik lan Balambangan wau lêstantun kawontênanipun, nanging namung dumugi jaman Mataram, lajêng katêlukakên kanthi wasesaning prang dening para ratu Mataram ingkang kawitan kadosdene mèh sadayaning nagari Jawi sanès-sanèsipun. Kados ta tlatah Jawi Wetan ingkang iring kilèn, pasisir wetan lan Madura. Para bupatinipun talatah Pasuruan lan Lumajang dumuginipun Kadhiri sarta wiwit saking Sumênêp dumuginipun Tuban, punika anggènipun katêlukakên dhatêng Mataram kala jamanipun Sultan Agung Anyakrakusuma môngka para bupati punika waunipun sampun sumuyud dhatêng Pangeran Surabaya, mila Sultan Agung inggih kêpêksa kêrêp pêrang kalihan Surabaya. Wusananipun Surabaya inggih ngakêni kêbawah Mataram, ananging mêksa kinaot lan kineringan. Pangeran Pêkik ing Surabaya kapêndhêt ipe Sultan Agung kaangsalakên rayi dalêm Ratu Pandhansari, patutanipun putri kapundhut garwa Sunan Mangkurat I (Têgalarum), punika lajêng pêputra Sunan Mangkurat II (Sinuhun Amral).

Sajumênêngipun Sunan Mangkurat I (Têgalarum) ing saindênging nagari Jawi lajêng dahuru, tanah Jawi têmbing wetan botên kantun, wiwitipun dahuru saking pandamêlipun têtiyang Makasar ingkang sami dhatêng ing tanah Jawi sarta lajêng damêl rêsah, pangagêngipun nama Kraèng Galesong. Kêjawi punika bôngsa Madura ngraman, dipun pangagêngi Radèn Trunajaya. Sarèhning para bupati bawah Mataram kêrêp anggènipun wontên ing Mataram tinimbang kalihan anggènipun wontên ing kabupatènipun piyambak, malah wontên ingkang katrêm babarpisan ing Mataram, mila kêrêp kemawon talatah-talatah bawah Mataram sami kapintên pangêrèhipun sarta sami botên wontên ingkang nanggulangi samôngsa wontên panêmpuhing mêngsah.

[Grafik]

Para priyantun ingkang mriksani sidhêkah ing rêdi Brama.

Awit saking punika têtiyang Makasar lan bôngsa Madura kêlampahan sagêd ngêlun tanah Jawi Wetan babarpisan sarta tanah Jawi Têngah ingkang saperangan agêng ngantos dumugi Pathi lan Kudus. Wontên ing Surabaya Radèn Trunajaya yasa bètèng sarta jumênêng panêmbahan ajêjuluk Panêmbahan Madurêtna, bala kraman sami mangayubagya. Têmbenipun Radèn Trunajaya lajêng akadhaton ing Kadhiri. Sarêng ingkang jumênêng nata ing Mataram Sunan Mangkurat [Mang...]

--- 1636 ---

[...kurat] II, sawêg kemawon bôngsa Madura lan tiyang Makasar kenging kaundurakên saking tanah Jawi Têngah, Kadhiri, Pasuruan lan Surabaya kanthi pitulunganipun Kumpêni, Radèn Trunajaya kacêpêng. Ing Surabaya lajêng dipun têtêpi tumênggung asli saking ngriku, inggih punika Tumênggung Jangrana (Jayèngrana), ingkang waunipun nama Ki Ônggawôngsa.

[Grafik]

Dhukun nuju mêmuja.

Turun-turunipun ki tumênggung punika ngantos dangu lastantun agêng panguwasanipun wontên ing Surabaya. Kêjawi punika Sunan Mangkurat II ugi nêtêpakên dadosipun tumênggung Radèn Surapati wontên ing Pasuruan. Radèn Surapati wau asli saking Bali, ing sadadosipun tumênggung apêparab Wiranagara. Sanadyan tumênggung Surbaya lan Pasuruan wau angsalipun panguwasa lantaran saking ingkang jumênêng sunan ing Mataram, ewadene botên antawis dangu ambêkipun sampun kados madêg piyambak, nalika wontên pêpêrangan rêbat kaprabon sarta pasulayan kalihan Kumpêni tindakipun inggih anggêga kajêngipun piyambak kemawon. Ananging ingkang makatên wau mêksa dèrèng nyamèni tindakipun Adipati Tawangalun ing Balambangan, awit sarêng tanah Jawi Têngah prasasat sampun sirna daya panguwasanipun, inggih punika nalika panjênênganipun Sunan Mangkurat I ing têngahanipun abad 17 sang adipati lajêng ngêdêgakên karajan enggal, ngantos dangu lastantun prasasat mardika babarpisan. Sarêng sasedanipun sang adipati, nagari ing Balambangan saya dangu saya kêrêgêm ing panguwasanipun bôngsa Bali, ingkang wau-waunipun pancèn sampun agêng daya panguwasanipun wontên ing nagari ngriku: dumadosing lêlampahan punika kala wiwitanipun abad 18 nyarêngi kalihan agêng-agênging panguwasanipun Adipati Wiranagara lan para gêgêntosipun wontên ing tanah Jawi Wetan ingkang saperangan agêng. Para adipati punika wau sadaya sami trah Bali ugi, bakuning nagarinipun inggih punika Pasuruan, Malang lan Lumajang.

Saya dangu saya têtela, bilih para nata ing Mataram saya rêkaos sagêdipun ngêkahi panguwasanipun wontên ing tlatah ingkang têbih-têbih, langkung malih wiwit wontênipun pêpêrangan rêbat kaprabon Mataram ing sasedanipun Sunan Mangkurat II. Awit saking punika sadayaning tanah pasisir, Madura lan tanah Jawi Wetan sadaya kala taun 1743 lajêng kaparingakên dhatêng Kumpêni dening Sunan Pakubuwana II.

Tlatah-tlatah wau, langkung malih ingkang wontên ing pasisir, ingkang kathah-kathah pancèn sampun sami dipun kuwasani ing Kumpêni. Kêdhêsêking panguwasanipun [panguwasani...]

--- 1637 ---

[...pun] kadipatèn Pasuruan kala Adipati Wiranagara sakuthu kalihan Sunan Mangkurat III (Sunan Mas) mêngsah Sunan Pakubuwana I lan Kumpêni, jalaran pêrangipun wontên ing Bangil kawon. Para putranipun Wiranagara kantun sagêd ngêkahi Malang lan Lumajang. Dene kawontênanipun ing Surabaya: ing sabakdanipun taun 1720 Bupati Jayapuspita, inggih punika adhinipun Jangrana, kêplajêng saking nagari jalaran kêsangkut pêrangipun Panêmbahan Èrucakra mêngsah Sunan Mangkurat IV. Ing Surabaya lajêng dipun têtêpi bupati kasêpuhan sarta kaneman, kalih-kalihipun sami wayahipun Panêmbahan Cakraningrat ing Madura (Sampang). Madura piyambak botên dangu ugi têluk dhatêng panguwasanipun Kumpêni. Dados ing satanah Jawi Wetan ingkang taksih ambadali panguwasanipun Kumpêni namung kantun ingkang babarpisan utawi ing sawatawis taksih dipun kuwasani bôngsa Bali kemawon.

Ing sakawit Kumpêni botên gadhah sêdya nglajêngakên anggènipun nênêlukakên wontên ing tanah Jawi Wetan, ananging sarêng têtela bilih wontênipun bôngsa Bali ing ngriku punika nyumêlangi dhatêng panguwasanipun Kumpêni ing prakawis dêdagangan, Kumpêni lajêng kêncêng niyatipun badhe nêlukakên tanah Jawi Wetan babarpisan. Pêrangipun Kumpêni wontên ing ngriku punika ingkang kathah ngangge prajurit tiyang Surabaya tuwin Pasuruan, lan ingkang kathah sangêt tiyang Madura. Wongsal-wangsul prajurit Kumpêni tansah kawon kemawon. Nagari-nagari kathah ingkang dados sêpên kirang tiyang dening kêrêp pêpêrangan, kêtrajang ing pacêklik sarta kambah ing pagêblug. Sarêng mêngsah ingkang ambôndakalani kantun piyambak kenging kagêcak, tanah Blambangan wetan, inggih punika kabupatèn Banyuwangi sapunika, lan tanah Blambangan kilèn, inggih punika Pugêr lan Jêmbêr, dados kabupatèn Situbonda lan Bondawasa sapunika, ing saperangan agêng sami risak sangêt.

Ing sasampunipun tanah Jawi Wetan sadaya dados satunggal dening panguwasanipun Kumpêni lajêng kaparentahakên dening Sakèbêr (gezaghebber) ing Surabaya, kabantu ing kumêndhan sawatawis ingkang sami manggèn ing papan ingkang prêlu-prêlu ing tanah Jawi Wetan. Dene Sakèbêr piyambak punika taksih kêbawah dhatêng gupêrnur pasisir lèr wetan ing Sêmarang. Makatên cariyosipun Sêrat Babad Jawi. Gupêrnur ing Sêmarang taksih kêbawah malih dhatêng Prabu Kumpêni ing kutha intên ing nagari Batawi. Miturut cêcriyosan makatên wau têtela ugi, bilih tanah Jawi Wetan punika tumrapipun Kumpêni botên patosa prêlu kados talatah-talatah ing tanah Jawi ingkang kilèn-kilenan, upaminipun ing Priyangan.

Saking kajêngipun Kumpêni anggènipun marentah tanah Jawi Wetan badhe mawi lantaran para bupati kados ing tlatah-tlatah sanès. Sarèhne ing tilas nagari Balambangan punika para pangagêngipun asli sampun kathah ingkang botên wontên, mila lajêng dipun têtêpi bupati jawi saking sanès panggenan ing tanah Jawi utawi saking Madura. Awit saking paprentahanipun Kumpêni makatên wau dangu-dangu ing tanah Jawi Wetan sagêd dados têntrêm, ananging tlatah-tlatah ingkang waunipun sêpên utawi suwung dening wontênipun [wo...]

--- 1638 ---

[...ntênipun] pêrang agêng lajêng dipun ênggèni ing bôngsa Madura, awit satêngah kaanggêp tanah têlukanipun, jalaran wadyabala Kumpêni ingkang nêlukakên talatah-talatah wau ingkang sabagean agêng sami tiyang Madura. Saking wontênipun lêlampahan makatên punika lajêng cêtha têturutaning nalar-nalaripun tanah Jawi Wetan ingkang saperangan agêng prasasat dados tanah Madura. Kêjawi ingkang makatên wau ing tanah Jawi Wetan ugi kêpetang kathah Cina sarta bôngsa mônca wetanan sanès-sanèsipun langkung malih bôngsa Arab. Punika sababipun bokmanawi inggih saking karisakanipun tiyang pribumi dening pêrang. Mêsthi kemawon ingkang kêrisakan sangêt punika ingkang waunipun golongan sêntosa. Awit saking punika, anggêripun sagêd sae kalihan Kumpêni kemawon para sudagar mônca gampil angsalipun margi badhe pados kauntungan kathah, upaminipun kemawon nêbas paos, makatên sasaminipun. Malah kala kiwa têngênipun taun 1800 kathah tlatah-tlatah ingkang sami kasade dhatêng Cina, kirang langkung kadosdene panyadenipun tanah-tanah ing sakiwatêngênipun kitha Batawi ingkang sapunikanipun sami dados tanah partikêlir. Panyadening siti wau pawingkingipun kabatalakên, nanging kathah kemawon talatah-talatah ingkang paprentahanipun kêlantur kacêpêng ing bupati utawi pangagêng bôngsa pribumi sanèsipun, ingkang sajatosipun turunan Cina.

Ing sasampunipun Balambangan kenging kakawonakên babarpisan, ing satanah Jawi Wetan prasasat sampun botên nate wontên dahuru ingkang niyat anglawan dhatêng Kumpêni utawi paprentahanipun bôngsa Eropah ingkang anggêntosi Kumpêni. Langkung malih para raja bôngsa Madura, kêtingal sangêt sêtya dhatêng paprentahanipun bôngsa Eropah. Kadosdene nalika pêrang Dipanagaran, punika barisan Madura kalêbêt kathah ingkang kabantokakên parentah Walandi. Botênipun lastantun dumugi sapunika bokmanawi kemawon rumiyin-rumiyinipun têtiyang taksih tansah anggadhahi rumaos, bilih Madura kalihan tanah Jawi Wetan punika sajatosipun dados satunggal, têlêngipun ing Surabaya, sarta pancèn botên kêbawah utawi kawêngku panggêsanganipun dhatêng Mataram, mila para pangagêng ing Madura lan tanah Jawi Wetan inggih lajêng gampil kumawulanipun dhatêng Kumpêni ingkang ngêmpalakên lan nêntrêmakên nagarinipun.

Kala wiwitaning abad ingkang kapêngkêr, pamarentah Kumpêni kagêntos dening guprêmèn Walandi. Sasampunipun punika, babadipun tanah Jawi Wetan ingkang waunipun namung babagan wêwênanging praja kemawon lajêng gantos babagan paprentahan lan panggêsangan. Ing ngriki botên prêlu ngandharakên ajênging prakawis paprentahan ing tanah Jawi Wetan, namung prêlu dipun pèngêti, bilih dèrèng dangu punika ajênging paprentahan wau sampun ngancik ing tataran ingkang inggil, inggih punika kala dipun wontênakên propinsi Jawi Wetan sarta kabupatèn-kabupatènipun kawênangakên angrêmbag ruwêt rêntênging wêwêngkonipun piyambak. Bab kamajênganing panggêsangan [panggêsanga...]

--- 1639 ---

[...n] prêlu kacariyosakên ing ngriki ingkang langkung têrang. Kawontênanipun tanah Jawi Wetan punika pancènipun prayogi sangêt tumrapipun lampah dagang, jalaran saking panjanging pasisiripun lan talatah-talatah ingkang ngêdalakên asil sami botên têbih saking palabuhan. Mila kala rumiyin ing sadèrèngipun kalampahan wontên paprangan agêng salêbêting abad ingkang kaping 17-18, ing wêwêngkon Balambangan lami, Pasuruan, Surabaya lan Grêsik ugi sampun kathah kitha palabuhanipun, sanajan alit-alit nanging rêja, salêbêtipun abad kaping 16-17 palabuhan-palabuhan punika wau tansah dipun dhatêngi dening para sudagar-sudagar Walandi.

Sarêng wontên paprangan dangu sangêt, talatah-talatah sawingking pasisir lajêng dhumawah ing kamlaratan, kitha-kitha sami risak, satêmah padagangan ing tanah Jawi Wetan lêbar nglalahan, namung kantun nagari sawatawis ingkang taksih lastantun rêja, ewasamantên punika inggih sampun botên kados kala rumiyinipun. Dangu-dangu Surabaya malah dados mumbul dening ajênging lampah dagang sarta wêwah dados pusêring paprentahan ing Jawi Wetan. Mila pêrangipun Kumpêni ingkang murih têlukipun Jawi Wetan babarpisan, punika kenging kaanggêp dados jalaran nagari-nagari mêngsahipun Surabaya ing bab dêdagangan sami mlêsêk babarpisan, palabuhan-palabuhan Balambangan, ingkang waunipun dados ampiraning baita dagang dhatêng Bali tuwin pulo-pulo sanèsipun lajêng sami pêjah, môngka dados ampiraning baita dagang punika ingkang agêng sangêt kauntunganipun. Pêjahing dagangan ing wêwêngkon Balambangan wau mikantuki sangêt dhatêng padaganganipun Kumpêni ing Surabaya, kosokwangsulipun dagang layar Jawi lajêng dados mundur sangêt, awit nakoda Jawi punika anggènipun dêdagangan urut pasisir, môngka kitha palabuhan ingkang waunipun asring dipun ampir-ampiri sampun sami pêjah.

Ing salêbêtipun abad ingkang sampun kêpêngkêr, panggaotan ing wêwêngkon Surabaya saya kathah sangêt kamajênganipun, ingkang punika nagari Surabaya saha andêdêl, satêmah kitha-kitha palabuhan sanès-sanèsipun ing Jawi Wetan saya kêsingup. Ing wêkdal punika padaganganipun tiyang Jawi ing tlatah têngah-têngah ugi sampun saya kêsuk dening padaganganipun tiyang Eropah lan Tionghwa ingkang ngangge gagrag enggal. Jalaran saking punika kitha Surabaya tuwin panggêsangan cara Eropah ing ngriku andayani sangêt dhatêng sasamukawisipun tanah Jawi Wetan, anglangkungi Samarang ing Jawi Têngah utawi Batawi ing Jawi Kilèn, nanging ing sêmu sampun wontên tôndha-tandhanipun, bilih padaganganipun tiyang Jawi tuwin Madura sagêd nanggapi lampahipun jaman sapunika sasêlot-sêlotipun dados radi rame malih, samantên punika ing tlatah ingkang têngah-têngah. Sagêd ugi ing benjing dhatêng kalamangsanipun dagang layar Jawi tuwin Madura kombul malih wontên ing jagading padagangan kados jaman rumiyin sarana migunakakên budidaya cara jamaning kêmajêngan samangke punika.

--- 1640 ---

Surabaya Kitha Padagangan ingkang Agêng Piyambak ing Tanah Indhonesiah

Karanganipun Tuwan Lie Ping An, Wethouder ing Surabaya

[Grafik]

Tuwan Lie Ping An.

Kitha Surabaya punika dunungipun wontên ing sungapaning lèpèn êmas. Ing jaman rumiyin nalika kawontênanipun palayaran dèrèng patos agêng kados samangke, kapal-kapal ingkang kangge amêndhêt barang saking tanah têngah-têngah, makatên ugi ingkang kangge ambêktani barang mriku, alit-alit sangêt. Kala punika sungapanipun lèpèn êmas wujud palabuhan kodrat, têgêsipun: palabuhan ingkang botên kanthi dipun damêl ing tiyang, sarta kapal-kapal ingkang labuh wontên ing ngriku sagêd sakeca tanpa kuwatos punapa-punapa.

Saya dangu kawontênanipun kapal-kapal wau saya mindhak agêng, lan kaclobing awak-awakanipun ugi saya mindhak lêbêt. Botên watawis lami têtela, bilih sungapanipun lèpèn êmas wau botên kenging dipun angge malih, langkung-langkung ing ngriku tansah malêd ingkang botên kenging dipun pambêngi. Jalaran saking punika, kapal-kapal lajêng kêpêksa kêdah labuh wontên ing Jawi, botênipun inggih kêdah migunakakên môngsa ingkang sae.

Jalaran saking agênging kamajênganipun padagangan ing Surabaya, makatên ugi jalaran saking indhaking pamêdalipun tanah têngah-têngah ingkang tanpa upami, nuwuhakên kawontênan-kawontênan ing salêbêtipun palabuhan ingkang awon, ingkang anjalari lampahipun padagangan dados randhat. Salajêngipun tiyang lajêng mangrêtos, bilih ing ngriku kêdah dipun wontênakên ewah-ewahan. Punapa malih sarêng kawontênanipun lêlayaran mawi sêtum majêng sangêt, sarta lajêng kaanggêp langkung prêlu, bilih caranipun ngêmot utawi ambongkar barang-barang ing kapal kêdah tumindak rikat, punika saya katingal mênggahing prêlunipun ing palabuhan ngriku kêdah dipun saèkakên. Ingkang karêmbag langkung rumiyin, cara anggènipun ngêmot tuwin ambongkar barang ing kapal sarana baita sampan ingkang lampahipun randhat sangêt, punika kêdah botên dipun kanggèkakên, lan amrih gampilipun pangêmot tuwin pambongkaring barang-barang wau, kamanah prêlu sangêt, murih baita-baita wau sagêda mèpèt kalihan dharatan.

Makatên ugi Nanari ugi yakin, bilih kawontênanipun palabuhan kêdah dipun saèkakên, salajêngipun tuwan-tuwan Prof. J. Kraus tuwin Ir. G.J. de Jong kadhawuhan ngaturi adpis, punapadene katrangan-katrangan mênggahing badhe anyaèkakên kawontênaning palabuhan wau. Jalaran saking wontênipun ewah-ewahan, ingkang dipun damêl miturut rancanganipun para ahli kêkalih wau, samangke Surabaya anggadhahi palabuhan ingkang nyara gagrag enggal piyambak ing saindênging tanah Indhonesiah.

Jalaran Surabaya punika papan tuwin dunungipun sae, lan palabuhanipun botên nguwatosi saha awis sangêt ambêbayani, sabab dene kaalang-alangan [ka...]

--- 1641 ---

[...alang-alangan] dening pulo Madura, anjalari kitha wau kagolong dhatêng palabuhan ingkang wigatos sangêt ingatasipun tanah Indhonesiah. Punapa malih ing ngriku dipun wontêni kran-kran ingkang agêng-agêng pintên-pintên, tuwin pirantos sanès-sanèsipun ingkang prêlu-prêlu, murugakên kathah baita agêng-agêng ingkang sami labuh wontên ing ngriku.

[Grafik]

Pabrik gêndhis Rêja Agung, Madiun, pabrik gêndhis gadhahanipun Tuwan Oei Tiong Ham ingkang agêng piyambak.

Ing sarèhning tanah-tanah sakitêripun Surabaya punika kalêbêt peranganipun tanah Jawi ingkang agêng piyambak pamêdalipun, amila inggih botên anèh, bilih sakêdhap kemawon Surabaya dados kitha padagangan ingkang agêng piyambak ing tanah Indhonesiah.

Sabab dunungipun kitha Surabaya punika sae, amila lajêng dados pakèndêlan ingkang wigatos sangêt tumrap baita-baitanipun sadaya bôngsa, ingkang sami lêlayaran wontên ing sagantên-sagantên wetanan.

Mèh sapalih saking pamêdalipun gêndhis ing tanah Jawi, makatên ugi: kopi, karèt, kapuk, uwos, lan sasaminipun, ingkang dados pangasilanipun Propinsi Jawi Wetan, sami kasade dhatêng sajawinipun tanah Jawi mêdal Surabaya. Dene mlêbêtipun sawarnining barang-barang saking Eropah, Amerikah lan peranganipun donya sanès-sanèsipun ingkang kangge kaprêluwanipun têtiyang ing sakitêripun kitha wau cacahipun kirang langkung 15.000.000, ugi mêdal ing Surabaya.

Kawontênanipun dêdagangan anglêbêtakên barang, punapadene anyadèni barang dhatêng nagari-nagari sajawining tanah Jawi, punika anyababakên gêgandhenganipun [gê...]

--- 1642 ---

[...gandhenganipun] Surabaya kalihan panggenan ing sacêlakipun ngriku, makatên ugi nagari-nagari ing sajawining tanah Jawi, kêdah dipun wiyarakên.

Jalaran saking kiranging papan, têmtunipun inggih botên sagêd adamêl wawasan ingkang nyêkapi tumrap sadaya samukawis ingkang gêgayutan kalihan kitha Surabaya mênggahing kitha dagang tuwin kitha palabuhan.

[Grafik]

Tanêman tuwin gudhang sata kotok, gadhahanipun Besoeki Mij. Ing Jêmbêr.

Surabaya punika agêng sangêt pigunanipun mênggahing kamajêngan tuwin gêmah ripahing tanah Indhonesiah, wontênipun ing karangan punika ngantos botên sagêd mratelakakên panjang.

Sintên ingkang sampun nate dhatêng ing kitha ingkang gêmah ripah wau, ingkang pindhanipun kados pangajênging kitha satanah wetan, tuwin sagêd nyatakakên piyambak ing bab uyêgipun tuwin giyakipun tiyang nyambut damêl, botên kenging botên manahipun tamtu gumun nyumêrêpi dhatêng ramening kitha wau, ingkang sabên dintên saya wêwah-wêwah kamajênganipun.

Mriksanana, ing ngriku pinanggih kongsi among dagang pintên-pintên, tuwin kantor bang agêng-agêng, ombyaking margi botên wontên kitha sa-Indhonesiah ingkang nyamèni. Upaminipun ing pasar bêsar, ing ngriku satunggiling papan ingkang rame, racak-racakipun ing dalêm sadintên dipun ambah oto tumpakan 11.000 iji. Tumrap papan ingkang rame piyambak, ing dalêm kalih sêkon dipun langkungi oto satunggal.

Kajawi ingkang kapratelakakên ing nginggil, inggih kapratelakakên, bilih gêmintê rad Surabaya, ingkang dipun wontênakên dening parentah kala ing taun 1906, ugi kathah anggènipun ambiyantu ngajêngakên kitha. Bêstiring gêmintê agêng sangêt lêlabêtanipun, [lê...]

--- 1643 ---

[...labêtanipun,] inggih punika ing bab anggènipun damêl margi tuwin sanès-sanèsipun. Mèh sadaya margi-margi wau sampun dipun aspal. Manawi dipun gunggung cacahing margi ingkang mrika-mriki malang-megung ing salêbêtipun kitha Surabaya, panjangipun wontên 180 kilo mètêr.

[Grafik]

Sawangan lumahipun kitha Surabaya.

Makatên ugi bôngsa Tionghwa inggih tumut ngajêngakên kitha dagang ing Surabaya, tôndha yêktinipun, sagêd mirid saking kathahing kongsi among dagang bôngsa Tionghwa tuwin sanès-sanèsipun, ingkang pinanggih wontên ing kitha wau.

Ing ngriki prêlu ugi mratelakakên ing bab sêsambêtanipun lampah anggêgana saking Surabaya dhatêng Batawi, ingkang dipun wontênakên dening K.N.I.L.M. wiwit kala tanggal 1 Nopèmbêr kêpêngkêr punika, inggih punika satunggiling kadadosan ingkang kêdah dipun anggêp agêng sangêt pigunanipun tumrap kamajênganipun Surabaya. Amargi manawi sêsambêtan lampah anggêgana wau sagêd saya wiyar, botên kenging botên, Surabaya ingkang badhe dados sêtatsiun ingkang linangkung piyambak ing salumahing bumi tumrap sêsambêtanipun lampah anggêgana sajagad. Botên prêlu kapratelakakên malih, bilih wongsal-wangsuling lampah anggêgana ingkang kados makatên wau, lampahing dêdagangan ing Surabaya badhe saya wêwah agêng tuwin kuncara.

Nunggil dintên ing tanggal 1 Nopèmbêr wau, pakaryan sêpur gupêrmèn, limrahipun dipun wastani S.S. wiwit nindakakên lampahing sêpur sadintên saking Surabaya dhatêng Batawi. Bab punika ugi agêng sangêt pigunanipun dhatêng kamajêngan tuwin gêmah-ripahipun kitha Surabaya.

--- 1644 ---

Padamêlan Sociaal ingkang Tumindak saking Pêrgêrakan Tiyang Siti

Karanganipun Radèn Sutama

[Grafik]

Tuwan Dr. Sutama

Pêrgêrakan tiyang siti punika wangun tuwin wujudipun warni-warni, pinanggihipun makatên wau namung gumantung saking budi pakartinipun ingkang dados pangajêng, inggih punika tiyang ingkang minihi wontênipun tuwin ingkang ngupakara pêrgêrakan wau. Dene budi pakarti wau kêrêp dipun pêntog ing kaanan lair. Kajawi punika kaanan lair wau asring dados tuntunan wêdaling ancasipun para panuntun, ingkang mangrêtos bilih tumandang piyambak punika satunggiling pirantos ingkang prayogi kangge nuntun rakyat ngantos pitados dhatêng tanaga tuwin kasagêdanipun piyambak. Kula mangrêtos yêktos sababipun Muhamadiyah sagêd subur gêsangipun tuwin giyat panyambut-damêlipun wontên ing tanah karajan Jawi Surakarta lan Ngayogyakarta. Tumrapipun kula amastani bilih bab wau sanès lampah kapanujon kemawon. Punapa botên têtela bilih jalaran ing ngriku punika kawontênanipun têtiyang Islam saking ngrumaosi kêcêpit sangêt. Amargi saking para agêng tuwin priyantunipun taksih angugêmi tata cara kina tuwin sangêt anggènipun angluhurakên kasusilan Hindhu. Lan malih tumraping golongan sèndhêng lan misi adamêl edaping manah, amargi botên kêndhat tansah kêncêng adamêl sêsorah murih têtiyang ing ngriku malêbêt agami Kristên. Mirid saking wontênipun tata lair ingkang kados makatên punika, ingkang kathah piyambak pinanggih ing wêwêngkon karajan Jawi, wusana lajêng nuwuhakên raosipun bôngsa Islam ing Surakarta tuwin Ngayogya sumêdya tumandang ing damêl piyambak. Malah ing sapunika pakêmpalan wau tumut ambiyantu kanthi giyak, murih nagari tuwin bôngsa sêsarêngan ajêngipun.

Bêbuka cêkakan ing nginggil punika kados-kados prêlu kangge nocogakên sêdya kula, supados para maos mangrêtos, punapaa dene budi pakartinipun bôngsa pangajaran ing Surabaya punika beda kalihan nagari sanès-sanèsipun, dalah pambudidayanipun pisan, ingkang katindakakên ing ngriku ugi beda kalihan sanès-sanès panggenan. Tuladhanipun ingkang têtela, kados ta:

Vrouwen tehuis. (Griya pondhokan tiyang èstri).

Griya ingkang kados makatên punika namung sagêd madêg wontên ing kitha dagang ingkang gêmah ripah kemawon. Adêgipun wau kêpêksa jalaran saking kawontênanipun ing ngriku. Bilih tataning panindak sae, sagêd katingal yêktos agêng pigunanipun. Satunggiling kitha agêng, saya malih kitha dagang gêmah-ripah, punika sagêd nênarik dhatêng manahipun têtiyang dhusun ingkang tanpa upami. Bab punika

--- 1645 ---

kenging dipun pindhakakên kados latu murub, ingkang dumunung ing pêpêtêng. Ing ngriku sagêd andhatêngakên ibêr-ibêran alit-alit sakiwa têngênipun sami ngrubung rêbat rumiyin, botên sumêrêp bilih ingkang murub wau ngobong badanipun. Punapa ing panggenan wau botên kathah ingkang pêjah kobong, bokmanawi sakêdhik sangêt ingkang sagêd uwal saking bêbaya. Ibêr-ibêran wau sami bingah-bingah kalêpêran, nanging pintên ingkang botên risak badanipun, jalaran saking kêsalat latu êlaripun. Wusana sasampunipun bingah-bingah: badan risak jiwa sirna.

[Grafik]

Makatên ugi ing bab tiyang dhusun ingkang malêbêt ing kitha agêng, dhatêng kitha dagang ingkang gêmah-ripah wau. Kathah sangêt têtiyang dhusun, prawan tuwin tiyang èstri ingkang tanpa daya, sasampunipun sawatawis dangu wontên ing kitha agêng, lajêng nêmahi sangsara tuwin risak. Ing bab punika, têtiyang ing Surabaya wajib dipun têtangi murih nyumêrêpi ing bab kawontênan awon ingkang pinanggih wontên ing pasrawungan gêsang punika, kanthi pangajêng-ajêng mugi-mugi èngêt purun suka pitulungan dhatêng têtiyang ingkang kasangsara wau, dene limrahipun ingkang dipun wastani tiyang kados makatên punika, wanita bodho ingkang tanpa daya. Sêdya ingkang kados makatên wau, kala têngah-têngahaning wulan Mèi taun punika, saking dayaning para warga Studieclub kanthi pambiyantunipun priyantun pangrèh praja tiyang siti tuwin pulisi, ugi kathah pambiyantu saking paduka tuwan gupêrnur, wusana kalampahan sagêd ngêdêgakên griya pamondhokanipun tiyang èstri wau wontên ing Surabaya. Têtiyang èstri ingkang nuju pados padamêlan sagêd mondhok wontên ing ngriku, lan manawi purun, ugi sagêd sinau padamêlan ingkang prasaja, upaminipun padamêlan dados babu, juru wasuh, juru olah-olah, tukang mênjait, tuwin sanès-sanèsipun. Ing ngriki prayogi kapratelakakên, bilih

--- 1646 ---

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral karênan sangêt sarêng uninga dhatêng rekadaya punika, punika wontên tôndha yêktinipun, dene ugi lajêng angsal pambiyantu arta, mêndhêt saking peranganipun arta lotre.

Ing gambar I para maos sagêd nguningani, bilih tiyang-tiyang sami nyambut damêl ing bab anjagi kawilujênganing para èstri wau sami tumêmên. Ingkang dados juru rêrigên ing griya ngriku punika kêdah tiyang utami. Sabên dintên kêdah ngladosakên palapuran dhatêng bêstiripun (ingkang dados pangarsa ing sapunika Tuwan Tuwankotta), dene tumindaking damêl sabên dintên: dhatêng griya-griya sakit, pos pulisi, kantor, pêkên, sêtatsiun tuwin sanès-sanèsipun, prêlu pados tiyang èstri ingkang botên gadhah padamêlan. Pinanggih kalihan tiyang-tiyang, ingkang rumiyin dipun pulasara wontên ing griya pamondhokanipun tiyang èstri, ingkang sampun angsal padamêlan ing ngrika-ngriki, prêlu kangge nyumêrêpi punapa ingkang kêdah dipun wigatosakên, tuwin taksih kathah padamêlan sanès-sanèsipun malih.

[Grafik]

Gambar II, punika gambar sêrat katrangan ingkang dipun sukakakên dhatêng tiyang èstri, ingkang sampun nate manggèn wontên ing griya pamondhokan, ing griya pamondhokan wau ugi wontên rangkêpanipun sêrat ingkang kados makatên, saha tansah dipun isèni saprêlunipun. Ing sêrat katrangan ngriku, tiyang sagêd maos cêtha dhatêng lêlampahanipun Mukini. Tiyang wau nate kapêndhêt ing sopir ingkang ambêg têgêlan, bêgja dene lajêng katulungan ing pulisi. Ing ngriku ugi katingal, bilih ing sapunika tiyang wau nyambut damêl tumut bôngsa Eropah, dados juru wasuh kanthi balônja f 15.- sawulan.

Sampun dangu tiyang rumaos ambêtahakên dhatêng wontênipun griya pamondhokan èstri punika.

--- 1647 ---

Mila sarêng sampun kasêmbadan, dangu-dangu griya wau tamtu dados margi lantaranipun tiyang pados padamêlan dhatêng tiyang ingkang prêlu dados bêbau. Ing sapunika tiyang ingkang sami pados rencang, ingkang kathah limrahipun bôngsa Eropah.

Ing têmbe kadospundi kamajênganipun griya pamondhokan wau, dèrèng sagêd ngintên-intên, namung gumantung dhatêng kawontênan ing têmbe wingking.

Ngêdêgakên Bank Nasionaal Indonesia.

Kêkiyatanipun tiyang nyambut damêl, tuwin kêkêndêlanipun tiyang nyambut damêl ingkang katingal wontên ing kitha-kitha agêng kados ing Surabaya punika, botên sanès tamtu kadayan saking pamanahan tuwin pandamêling têtiyangipun ing ngriku, dados ugi saking pandamêlipun golongan tiyang siti ingkang pangajaran. Sadaya lajêng gêlêng pamanggihipun badhe ngêdêgakên bang. Ingkang limrahipun kangge mitulungi arta dhatêng among dagang, têtanèn, panggaotan tiyang siti, murih saya majêng tuwin wêwah, ingkang nocogi kalihan kêkajêngan ing jaman sapunika. Bang wau ugi nanggulangi juru potang (ingkang kanthi sarêman kathah) kanthi yêyêktosan. Nitik kawontênanipun ing sapunika, bang wau gadhah pangajêng-ajêng sae ing têmbe wingkingipun. Eman sangêt dene ing sapunika pawitanipun taksih kirang sangêt, mila bêstir tuwin dhirèksining bang dèrèng sagêd ngènthèngakên sarêmanipun. Saupami sagêd, tamtu saya kathah sudagar, tiyang tani tuwin tiyang siti ingkang anggadhahi panggaotan ingkang sagêd angsal pitulungan saking bang.

Sanyata bilih Bank Nasionaal Indonesia wau jêmbar sangêt kajêngipun, nanging botên jalaran saking dayanipun ingkang tansah ngèngingi gêsanging tiyang siti, awit mênggahing dayanipun ingkang samantên wau, bang kêdah anggadhahi pawitan yutan rupiyah tuwin anggadhahi pang ing pundi-pundi panggenan. Lan ingkang makatên wau botên wontên ajinipun, jalaran wontênipun prakawis warni-warni, ingkang dumuginipun dintên samangke botên dipun prêduli babarpisan. Para maos tamtu uninga, bilih parentah mêntas ngangkat kumisi nyêkapi, dipun tindhihi dening Tuwan Prof. Zeylmaker, minôngka pangarsa, prêlu murih ngaturi pamrayogi dhatêng parentah ing bab prakawis-prakawis wau. Kumisi wau limrahipun tiyang mastani Inlandsche Rechtpersonen. Botên jalaran saking makatên wau anggèning Bank Nasionaal Indonesia agêng ajinipun, nanging jalaran saking ambikak margi, nênangi manahipun tiyang siti murih pitados dhatêng badanipun piyambak. Ing pundi-pundi, sabên wontên tiyang dhatêng, ing ngriku kêtingal tiyangipun giyak ngêdêgakên punapa-punapa, ugi ngêdêgakên bang, ingkang rumiyinipun namung dipun dêgakên tuwin dipun tindakakên dening bôngsa Eropah kemawon.

Pamulangan nênun.

Ing sarèhning Tuwan Sunjata, ingkang dados panuntun pamulangan wau ugi badhe nyariyosakên ing bab pamulangan ingkang kapratelakakên punika, para maos kula aturi maos karanganipun Tuwan Sunjata wau kemawon.

Pamulangan punika sarêng sampun dipun bikak, 6 wulan, [wu...]

--- 1648 ---

[...lan,] cacahing murid pinanggih tikêl kalih kalihan cacah ingkang dipun tamtokakên. Kintên-kintên wontên kênya 64 saking Surabaya tuwin sakiwa têngênipun ingkang sami nêdha mêlêbêt, nanging botên sagêd katampèn. Ugi wontên para kênya saking tanah Jawi tuwin Madura, Bali, Bau-bau, kathah ingkang kêpêksa dipun wangsulakên, amargi kêkirangan panggenan, kêkirangan guru, kêkirangan pirantos, (pirantos nênun), dene ingkang wigatos, saking kêkirangan arta.

Ing ngriki ugi prayogi mratelakakên ing bab arta pitulungan agêng ingkang salaminipun tampi saking golongan ahli, inggih punika saking dhepartêmèn têtanèn, golongan textielindustrie. Ugi pitulungan arta saking parentah ingkang kaparingakên nalika pamulangan nênun wau wiwit dipun êdêgakên, sadaya wau katampèn kanthi agênging manah.

Pamulangan punika janji angsal tuntunan saking tiyang ahli, tuwin janji dipun tindakakên prayogi, sagêd dados satunggaling têlêng ingkang nyêbarakên tiyang-tiyang ingkang paham nyambut damêl dhatêng dhusun-dhusun. Ngèlmu nênun lajêng sagêd dipun sêbarakên dening têtiyang wau waradin dumugi pundi-pundi, lan nama botên anèh bilih sagêd ngawontênakên barang-barang pangangge piyambak, botên prêlu ngêntosi pitulungan saking sanès nagari.

Nanging sagêdipun dados kados makatên, kajawi saking tatanan utawi tuntunan ingkang prayogi, ingkang kiyat tuwin ingkang wiyar wawasanipun, ugi kêdah wontên arta kathah sangêt. Sarèhning panggaotan ingkang kados makatên punika agêng sangêt ajinipun tumrap karaharjaning nagari tuwin katêntrêmaning rakyat, pantês tuwin sagêd dipun ajêng-ajêng, bilih parentah botên badhe suwala aparing pitulungan, sarana miturut punapa prêlunipun.

Paniti tuwin tumindaking damêl sabên dintên ing bang kopêrasi ing Surabaya.

Kados para maos botên kêkilapan, kala rumiyin Studieclub ngangkat kumisi Oeroesan Ekonomie, ingkang dipun pangarsani panjênênganipun Tuwan Mr. Dr. R.Ng Subrata. Lan malih saking dayanipun Tuwan Prof. Boeke piyambak, kumisi Oeroesan Ekonomie wau dipun pasrahi padamêlan nindakakên prakawis bang dhusun alit-alit ingkang sampun ngadêg ing Surabaya cacahipun 9, tuwin dipun ewahi dados bang kopêrasi alit-alit, bab punika sagêd damêl gambiraning ngakathah, dene salêbêtipun taun wau ugi, kula sadaya sagêd nindakakên lan kalampahan ing Surabaya sagêd ngêdêgakên bang kopêrasi enggal cacah 19 iji. Sadaya sae, marêmakên manah, botên anggadhahi tunggakan, lan malih botên wontên tiyang-tiyang ingkang botên nêtêpi kuwajibanipun ambayar arta.

Dèrèng dangu Tuwan Midderdorp, warga rad kawula, rumiyin kontrolir tanah Batak, dados panjênênganipun paham sangêt dhatêng tatananing bang kopêrasi, rawuh ing Surabaya. Bang-bang wau dipun priksa kadospundi tatananing padamêlanipun. Panjênênganipun ngandikan kalihan para warganing bang, andangu warni-warni. Pikantuking papriksan mikantuki sangêt.

--- 1649 ---

Ing sapunika, kanthi wêwaton sêsêrêpaning ngakathah, kula sadaya botên was sumêlang malih anglairakên pamanggih wontên ing pundi-pundi, bilih bang-bang kopêrasi alit-alit wau badhe sagêd subur gêsangipun tuwin sagêd ambingahakên para warganipun ing bab anggènipun nyambut damêl piyambak, samantên punika bilih bang kopêrasi wau dipun tuntun dening panutun rakyat ingkang sajati, kanthi padamêlan ingkang mardika. Ing salêbêtipun sawatawis môngsa kula sadaya botên kawratan, malah miturut pamanggih kula sadaya prêlu, bilih padamêlan panuntun-panuntun ingkang sambêt kalihan bang dhusun, dipun ulat-ulatakên dening parentah ing saprêlunipun, kados ing sapunika. Nanging anggènipun ngulat-ulatakên wau supados dipun tata ingkang prayogi, inggih punika gêgayutanipun rakyat kalihan panuntun sajati sampun ngantos dipun agru-agru dening pamawasipun priyantun-priyantun, ingkang ngantos ngicalakên piyandêling ngakathah malih dhatêng badanipun piyambak.§ Mirid kawontênanipun sapunika, kumisi Oeroesan Ekonomie ingkang dipun êdêgakên dening Indonesische Studieclub wau, sawatawis dintên malih badhe miyarakên padamêlanipun bang kopêrasi, dumugi sajawinipun Surabaya. Wawasan punika miturut rêmbag pangandikanipun Tuwan Prof. Boeke pêpanggihan wau kalampahan kala tanggal kaping 19 Oktobêr 1929 wontên ing dalêmipun pangarsa Indonesische Studieclub, inggih punika pêpanggihanipun Tuwan Prof Boeke tuwin Dr. v.d. Kolff kalihan kumisi Oeroesan Ekonomie wau.

Kula sadaya yakin, bilih parentah, botên namung sapunika, sanadyan ing têmbe, ugi kagungan pamanggih kados kula sadaya, amargi namung kanthi lampah tumindaking damêl piyambak wau, dhêdhasaring gêsangipun ekonomi rakyat badhe sagêd kiyat sayêktos, ngantos têtiyang alit ing dhusun-dhusun pisan, sagêt ngiyatakên ekonominipun piyambak.

Padamêlan Sociaal ing Studieclub.

Padamêlan Sociaal ing Studieclub punika ingkang wigatos piyambak ing bab suka pêpadhang dhatêng tiyang kathah. Ing sêrat kabaripun ingkang nama Soeloeh Rajat Indonesia, limrahipun tiyang mastani Sri, mawi dipun sadhiyani papan ing bab pitakenan-pitakenaning tiyang warni-warni. Bab pitakenan-pitakenan wau dipun tindakakên dening satunggaling priyantun ahli kukum, kanthi dipun biyantu dening para ahli kathah, kados ta: dhoktêr, guru, sudagar tuwin sanès-sanèsipun.

Advies-Bureau (Kantor Suka Panimbang).

Kantor punika dipun pangagêngi dening Tuwan Ayat, padamêlanipun ingkang baku: suka panimbang dhatêng têtiyang Surabaya, dene ingkang langkung wigatos ing bab prakawis ingkang gêgayutan kalihan gêmintê, kalihan tiyang ingkang suka padamêlan tuwin pulisi. Kathah tiyang ingkang nêdha pitulungan dhatêng kantor wau. Tumrap têtiyang ingkang sami dhatêng ing ngriku, manawi wontên panêdhanipun, ugi dipun têdahi buku-bukunipun kantor wau. Ing buku-buku wau katingal cêtha ing bab kasusahan warni-warni ingkang pinanggih ing têtiyang Jawi, ingkang taksih sarwa kirang sêsêrêpan dhatêng bab caraning gêsang wontên ing jaman gagrag enggal punika.

--- 1650 ---

Waosan Rakyat

Dèrèng dangu Studieclub ngêdêgakên satunggiling pang kangge prêluning waosan rakyat, dipun tindakakên dening bêstiring Studieclub padintênan. Sêdyanipun badhe ngêdalakên buku alit-alit, sêrat sêbaran tuwin sanès-sanèsipun. Malah sampun kalampahan ngêdalakên buku alit nama Panjebar-Pangartie, buku wau minôngka panuntun dhatêng têtiyang ingkang badhe sinau maos murih tumuntên sagêd, kanthi ancas nêdya nyirnakakên para têtiyang ingkang sami botên sagêd maos lan nyêrat. Bab punika dipun êdêgakên dening satunggiling kumisi tiyang ahli, wontên ingkang guru-guru. Awon saening buku ingkang kapratelakakên wau, ing sadèrèngipun kapriksa rumiyin dening kumisi, punapa sakintên buku wau nyêkapi kados ingkang dipun kajêngakên tuwin sagêd gampil dipun cakakên. Ing sapunika nêngah-nêngahi nuju ngêcap buku panuntun pêrgêrakan nunggil karya (vakbeweging). Kaum bêrah ingkang maos buku wau sagêd manggih sêsêrêpan maton ing bab kajêng lan sajatining pêrgêrakan nunggil karya wau. Sagêd nyumêrêpi sawarnining pirantos tuwin cara-caranipun, lan ugi sagêd nyumêrêpi dhatêng kawontênaning bêstir pêrgêrakan nunggil karya wau kêdah tumindak kadospundi, tuwin bab sanès-sanèsipun.

Apdhèling ingkang ngêmori sawarnining prakawis Sociaal umum.

Ingkang dados pangajênging apdhèling punika Tuwan Tuwanakotta, dipun wajibakên suka padamêlan Sociaal ingkang nocogi dhatêng para warga Studieclub. Kawontênan ingkang kados makatên wau anjalari wontênipun warga-warga Studieclub manggèn wontên ing pakêmpalan warni-warni. Warga-warga wau ingkang kathah dados lid bêstir utawi adpisir. Upaminipun, wontên warga ingkang dipun wajibakên nyambut damêl nunggil sudagar (R.P.S. Gôndakusuma tuwin Tuwan Fakih Hasim). Suka wêwarah dhatêng têtiyang ingkang nindakakên kawêkêlan (Mas Sunjata, Mas Iskon, tuwin sanès-sanèsipun). Ingkang gêgayutan kalihan bêstir tuwin parentah Mr. Dr. R. Ng. Subrata. Golongan middenstand gadhah middenstandsvereeniging (Tuwan Ibrahim). Ingkang gêgayutan para mudha, bab punika ugi dipun pasrahi padamêlan prakawis internaat Dr. Mas Suwarna, Mas Sudirman, tuwin Radèn Thukul. Gêgayutanipun kalihan pakêmpalan sanès, anindakakên rekadaya murih sagêd nyambut damêl sêsarêngan tuwin angguyubakên pamitran (Tuwan Sutama). Kalihan kaum bêrah ing bab warni-warnining panggaotan utawi padamêlan, dipun wontênakên sêsambêtan, lan manawi prêlu dipun wontênakên kursus-kursus ing bab pêrgêrakan nunggil karya tuwin pranatan nunggil karya (Tuwan Sutama, Sukaris, Ruslan, Sunarya, Suwana). Bêstiring neutrale Schoolvereeniging "Het Javaasche Kind" ing sapunika dipun cêpêng dening Studieclub (Tuwan Sutama, Subrata, Sunjata, R.M.H. Suyana, R.P.S. Gôndakusuma). Ing bêstir Museumvereeniging [Museumveree...]

--- 1651 ---

[...niging] wontên warga-warganipun Studieclub (Tuwan Sutama, Mr. Dr. Subrata).

Kathah tuwin warni-warni sangêt padamêlaning warga-warga Studieclub wau. Ing ngriki botên prêlu kapratelakakên malih, tamtu kemawon kula sadaya adamêl kalêpatan, lan tansah manggih cacadan, jalaran saking kawontênan ingkang kados makatên punika, kula sadaya tansah dados têlênging kawigatosaning ngakathah, langkung saking pangajêng-ajêng kula sadaya. Tiyang lajêng kasupèn, bilih kula sadaya punika lôngka sagêdipun dados tiyang ingkang ahli dhatêng sawarnining prakawis, kêrêp kemawon tiyang botên ngrêtos, bilih sawarnining bab wau kula sadaya tansah prêlu kêdah ngalami rumiyin.

[Grafik]

Griya pamondhokan tiyang èstri tuwin pamulangan nênun, nalika dipun rawuhi Paduka Tuwan Gupêrnur Hardeman.

Pamanggihipun tiyang dhatêng kawontênanipun Studieclub punika warni-warni. Punika nama sampun dados kalimrahan. Nanging sadaya kemawon, inggih tumrap dhatêng tiyang ingkang mathuk utawi ingkang botên kalihan kula sadaya, botên sagêd amastani bilih kula sadaya kirang tatag ngambah margi enggal wau. Makatên ugi dhatêng Studieclub, tiyang botên sagêd mastani, bilih kula sadaya ajrih nyanggi kapitunan, inggih punika pandamêl ingkang tuwuh saking sêdya kula sadaya kanthi kêkiyatan yêtos, ingkang atêgês tumut nyambut damêl nênangi tanah tuwin kabangsan kula sadaya. Anggèn kula sadaya nindakakên padamêlan ingkang awrat wau kanthi kecalan punapa-punapa kathah, ingkang anjalari tuwin mêwahi têntrêm, rukun, malah sagêd ugi anjalari mulyaning gêsang kula sadaya.

--- 1652 ---

Sêsakit Malariah tuwin Rekadaya Pananggulangipun ing Jawi Wetan

Karanganipun Dr. Susila, kacêkak

[Grafik]

Dr. R. Susila

Sêsakit Malariyah punika kenging dipun wastani maradini ing saindêngipun tanah Indhonesiah, wijinipun saking lêmut ingkang nama anopheles, sarana nularakên wijining sêsakit dhatêng tiyang. Nanging lêmut anopheles wau botên sadaya ambêbayani. Miturut papriksanipun Tuwan Schuffner-Swellengrebel, de Vogel tuwin Mangkuwinata, lêmut ingkang ambêbayani punika namung lêmut ingkang nama anopheles Ludlowi, paniganipun wontên ing toya mambêg. Dados ingkang prêlu kasirnakakên inggih namung papan panggenaning lêmut ingkang kados makatên punika. Tumrap ing tanah ngare tuwin parêdèn, lêmut ingkang nularakên sêsakit malariah punika sanès malih.

Sanadyan lêmut anopheles ingkang ambêbayani wau paniganipun botên saênggèn-ênggèn, nanging tumrapipun pakaryan kasarasan inggih nama botên ènthèng anggènipun nindakakên wajib, jalaran pasisiripun tanah Jawi ingkang sisih lèr punika bêbanjêngan kêbak papan paniganing lêmut wau. Mila kingkangingkang. prêlu dipun saèkakên rumiyin namung kitha ingkang agêng-agêng tuwin ingkang rame.

Pakaryan punika ing taun 1924 sampun kapasrahakên dhatêng Dienst der Volksgezondheid afdeeling Malariaonderzoek en bestrijding. Sarêng ing taun 1929 ing Surabaya dipun êdêgi êpangipun, prêlu kangge naliti kawontênan-kawontênan ing tanah Jawi Wetan tuwin tanah Indhonesiah ingkang sisih wetan, tumindakipun taksih gêgayutan kalihan Dienst der Volksgezondheid afdeeling Gezondmakingswerken ingkang dipun pangagêngi dening Ir. Kuipers, lan tumindaking damêl para insinyur tumrap sêsakit malariah kêdah miturut sapitêdahipun para dhoktêr.

Bêbayanipun sêsakit malariyah punika katingal sangêt, sagêd nitik saking kawontênanipun sudaning cacah jiwa ing panggenan ingkang kêdunungan sêsakit wau, upaminipun ing Batawi kitha lami, wontênipun tiyang ingkang pêjah ngantos tikêl tiga utawi sakawan katimbang kalihan panggenan sanèsipun. Tiyangipun pucêt-pucêt, limpanipun sami abuh. Rekadayaning panulakipun 1. sarana ngêdumi kênini dhatêng panggenan ingkang nuju tuwuh sêsakit malariah, punika katingal mênggahing pigunanipun. 2. Anjagi murih tiyang botên kacakot ing lêmut, sarana masangi klambu utawi griya katutup ngangge gas. Nanging limrahipun rekadaya makatên wau namung tumindak wontên ing tangsi, pakunjaran, griya panggenan kuli kontrak tuwin griya sanès-sanèsipun, ingkang kangge manggèn tiyang kathah. Wontên malih sarana mlegungakên maesa wontên ing panggenan antawisipun panggenan tiyang, supados lêmut lajêng kandhêg wontên ing ngriku. 3. Mêjahi lêmut malariah dalah ugêt-ugêtipun.

Rekadaya ingkang prayogi piyambak inggih namung ngurug papan jêmbêg-jêmbêg ingkang dados papan paniganipun malariah. Kajawi punika ugi kenging [ke...]

--- 1653 ---

[...nging] namung sarana nyiram ing papan jêmbêg-jêmbêg wau saminggu sapisan mawi solarolie utawi mawi asphaltresidu, supados ugêt-ugêt sami pêjah.

Kala rumiyin kitha Surabaya punika panggenaning lêmut anopheles ludlowi, nanging sarêng tambak-tambak ingkang sami botên kopèn sampun sami kaurug, sampun ragi katingal dhahas, saha malih sarêng ilèn-ilènipun sampun dipun pranata sae.

Ing taun 1917 ing kampung Dhapuwanbaru, ondhêr dhistrik Krêmbangan, sabên lare 100 ingkang katrajang sêsakit malariah wontên 55, nanging sarêng taun 1929 miturut papriksanipun Dr. de Wolff kapala pakaryan kasarasan ing Surabaya, wontênipun lare ingkang abuh limpanipun namung 3%. Cacah jiwanipun tiyang ngajal kathah sudanipun.

Sanadyan kawontênanipun ing bawah ondêr dhistrik-ondhêr dhistrik ing Surabaya dèrèng dipun tindakakên rekadaya makatên saya,sadaya,. ewadene miturut pikantuking papriksanipun Dr. de Wolff, wontênipun tiyang tilar donya ing kwartal kapisan punika ing ondêr dhistrik Kapasan wontên 43.9% (43.9 ing sabên sèwunipun), ing ondêr dhistrik Krêmbangan 31.4%. Dene wontênipun sudaning cacah jiwa ing Surabaya miturut palapuran ing sabên taun wiwit taun 1912 dumugi 1926 kados ing ngandhap punika:

1912 -- '13 -- '14 -- '15 -- '16 -- '17 -- '18 -- '19 -- '20 -- '21 -- '22 -- '23 -- '24 -- '25 -- '26

49 -- 36 -- 45 -- 51 -- 44 -- 69 -- 95 -- 59 -- 57 -- 58 -- 52 -- 45 -- 50 -- 31 -- 31

Mirid wontênipun cathêtan ing nginggil, wiwit ing taun 1925 sudanipun kathah sangêt.

Makatên ugi tumrap ing Prabalingga, sarêng pakaryan kasarasan wiwit nindakakên rekadayanipun, wontênipun tiyang tilar donya sudanipun inggih kathah sangêt. Ing taun 1918 wontênipun tiyang tilar donya 64%, ing taun 1926 namung 36%. Ingkang dipun tanggulangi ing ngriku kajawi lêmut ing tambak sauruting pasisir, ugi nyirnakakên lumut-lumut, amargi lêmut malariah rêmên sangêt manggèn ing ngriku. Makatên ugi wontênipun sêsakit malariah ing Batawi kitha lami, jalaranipun botên beda inggih saking lumut-lumut kados makatên wau.

[Grafik]

Pamulangan N.I.A.S. ing Surabaya.

Ing taun 1921 dhoktêr gupêrmèn Tuwan Mangkuwinata ing Prabalingga, gadhah usul dhatêng parentah supados tambak-tambak ing Prabalingga sami dipun bêdhahi, sarêng sampun kalampahan, pikantukipun adamêl pêjahing ugêt-ugêt kalanipun toya sagantên rob. Ing taun 1921 wontênipun tiyang ing sacêlaking tambak ingkang agêng limpanipun wontên 100%

--- 1654 ---

nanging sarêng ing taun 1927 namung kantun 9%. Ananging bab makatên wau adamêl kapitunanipun tiyang ingkang sami ngingah ulam.

Ing salêbêtipun tigang taun wontênipun têtiyang tilar donya ing Prabalingga mindhak malih. Mila Prof Dr. Walch, insêpèktur pananggulang sêsakit malariah, ing taun 12971927. angambali nindakakên papriksan, tuwin damêl rekadaya nangguli tambak-tambak, murih toyaning sagantên botên lubèr dhatêng pasabinan. Ing sapunika sampun wontên rekadaya mêjahi ugêt-ugêt kanthi nglêstantunakên panggaotan ngingah ulam. Sampun tumindak ing Batawi, dhistrik pajarakan tuwin bawah Kabupatèn Kraksaan. Caranipun sarana ngêsat tambak, bandêngipun dipun giring dhatêng kalenan, manawi sampun kalih dintên dipun lêb malih. Mênggah pikantukipun sapisan, lumut ingkang tuwuh salumahing toya, ingkang adhakan dipun ênggèni ugêt-ugêt ludlowi, lajêng garing. Kaping kalihipun, lumut gajih ing dhasaring tambak, ingkang dados têdhaning bandêng, sagêd ngrêbda tuwuhipun. Nanging bab punika namung tumindak ing papan ingkang langkung inggil tinimbang lumahing toya sagantên manawi nuju surut. Mênggah tôndha yêktinipun pinanggih nalika niti priksa ing kampung Panggung, Pasuruan, kala ing taun 1927, kampung wau sanadyan dipun kêpung ing tambak, nanging têtiyangipun sami saras-saras. Beda kalihan têmbing kitha ingkang sisih kilèn, amargi tambakipun botên kenging kareka makatên, mila sapunika tambak wau lajêng dipun urug.

[Grafik]

Para murid N.I.A.S. nuju sinau kawruh ngèlmu pamisah.

Makatên ugi ing Banyuwangi, sarêng katindakakên kados Prabalingga, sarana ngilèkakên toya sagantên dhatêng tambak, cacahipun lare ingkang agêng limpanipun ing taun 1927 wontên 80.5% sarêng taun 1929 namung wontên 26,4%.

Ing nginggil sampun kacariyosakên, tumrapipun ing tanah ngare tuwin parêdèn, lêmutipun ingkang nuwuhakên sêsakit malariah beda jinisipun, namanipun lêmut acunitus tuwin moculatus, dunungipun wontên ing tanah ngare tuwin ing parêdèn ingkang botên patos inggil. Lêmut acunitus paniganipun wontên ing kalèn ingkang tuwuh sukêtipun saha ingkang rungkut, ing sabin lêbar panèn ingkang taksih nyêmêk-nyêmêk. Lêmut moculatus paniganipun namung wontên ing kalèn tanah parêdèn ingkang kasorotan srêngenge tuwin bêning toyanipun. Mila sawênèhing kabudidayan ing parêdèn tanah Jawi Wetan kêrêp katrajang sêsakit malariah. Jalaranipun inggih saking lêmut [lêmu...]

--- 1655 ---

[...t] moculatus wau.

KandharanAndharan. ing nginggil punika kados sampun cêkap kangge katrangan, murih tiyang sagêd nindakakên rêrigên sawatawis, lan sagêd mangrêtos bilih pambengkasing sêsakit malariah punika botên baèn-baèn.

[Iklan]

Kawontênanipun Kawêkêlan Tiyang Siti ing Propènsi Jawi Wetan

Karanganipun M. Sunjata.

[Grafik]

Tuwan M. Sunjata.

Sayêktosipun kenging dipun wastani, bilih kawêkêlanipun têtiyang siti laladan propènsi Jawi Wetan punika botên dipun sumêrêpi ing tiyang. Wontênipun botên sagêd katingal, jalaran saking awis-awisipun wontên panggaotan. Kêrêp kemawon manawi nuju badhe ngawontênakên tèntunsêtèlêng, rêkaos sangêt sagêdipun angsal panggaotan-panggaotan wau, mèh kenging dipun wastani anggènipun pados ngantos tharuthukan.

Nanging botên kok kenging dipun wastani bilih panggaotanipun tiyang siti botên wontên, inggih [ing...]

--- 1656 ---

[...gih] pancèn wontên nanging jalaran saking lampahing jaman tuwin prêlunipun, kagunan wau saya dangu saya ical.

Manawi ngèngêti wêkêl-wêkêlipun tiyang jaman rumiyin, kados ta wontênipun tôndha-tôndha ingkang kêpêndhêm, ing gambar-gambar rêca tuwin candhi-candhi, makatên malih manawi mirid namaning dhusun-dhusun utawi kampung-kampung, nandhakakên manawi panggenaning kawêkêlan, kados ta mèh sabên nagari wontên dhusun ingkang nama Pandhean, Bubutan tuwin Sayangan, ing ngriku têtela bilih ing rumiyinipun kawontênaning kawêkêlan wau majêng tuwin gêsang, amargi tiyang botên sagêd namakakên dhusun makatên wau, bilih botên gêgayutan kalihan padamêlan ingkang dipun tindakakên dening têtiyang ing ngriku. Têtiyang taksih sagêd nitik saking tilas-tilasipun.

[Grafik]

Tukang marmêr ing Trênggalèk.

Dene tumindaking kawêkêlan-kawêkêlan wau sagêdipun gêsang jalaran saking dipun bêtahakên ing têtiyang ingkang badhe ngangge, saha anjalari dados tuking panggêsanganipun ingkang ngupa jiwa. Sarêng pasrawungan gêsang saya cêcampuran kalihan bôngsa warni-warni, ingkang dhatêng ing Indhonesiah, panggaotan ingkang gêgayutan kalihan tiyang ngamônca wau ugi dados rêrêbatan, bab punika botên prêlu dipun gumuni, ingatasipun satunggiling bôngsa sagolongan ambudidaya supados sagêd angsal kauntungan saking golongan sanèsipun. Punapa mênggah ingkang kawigatosakên piyambak ing nguni, inggih punika ing bab bêtahipun bôngsa-bôngsa wau piyambak, lan ugi botên anèh bilih ugi madosi kabêtahanipun bôngsa ing ngriki, kanthi nindakakên rekadaya ngawontênakên barang-barang ingkang dipun rêgèni mirah. Dhatêngipun bôngsa sanès wau ing ngriki, botên namung pawitan kêndêl kemawon, botên namung ngrumaosi ijèn, tuwin purun tuna, malah manawi wontên prêlunipun inggih puruh toh pêjah, punapa malih mawi dhêdhasar kasagêdan, tamtu kemawon sagêd kasêmbadan sêdyanipun. Kabêtahan-kabêtahan wau tumrapipun bôngsa ngamônca dipun sinau tuwin dipun tandangi utawi dipun tindakakên sarana mêsin. Tindak makatên punika anjalari angsal-angsalaning barang kathah tuwin rêginipun mirah, dene panirunipun mèh sami, tamtu kemawon têtiyang sami rêmên, lajêng anjalari kiranging tiyang nindakakên kawêkêlan piyambak, tuwin saya kirang wontêning dêdamêlanipun tumrap para ngudi kawêkêlan. Kawontênan ingkang kados makatên punika anjalari [anjalar...]

--- 1657 ---

[...i] kathahing panggaotan-panggaotan ingkang kukut, lajêng santun kawêkêlan sanès, upaminipun damêl barang-barang ingkang prêlu dados panggaotanipun tiyang sanès.

Pandhe-pandhe ingkang rumiyin gadhah bêsalèn piyambak, sapunika dados rencang ing pandhean sanès, bilih nglajêngakên panyambutdamêlipun, namung adamêl peranganing barang-barang kabêtahaning panggaotanipun bôngsa liyan.

Tukang-tukang sayang, tukang-tukang bubut, lan sanès-sanèsipun malih, ugi makatên.

Têtiyang wau ingkang kathah botên nyêkapi kasagêdanipun tuwin sami rêmên nganggur, ugi wontên ingkang pados padamêlan sanèsipun utawi namung nglastantunakên punapa pêpakulinanipun, mila gêsangipun saya dangu saya rêkaos. Jalaran saking kawontênan ingkang kados makatên wau, kawêkêlan tiyang siti ingkang asli saya dangu kenging dipun wastani mèh sirna. Ingkang pinanggihing sapunika namung kantun satunggal kalih kemawon, kadhingkala dipun wêdalakên dhatêng tèntunsêtèlêng, nanging botên sade barang-barang ingkang umum, namung sade barang kangge anèh-anèhan, utawi pakulinanipun nindakakên padamêlan namung kangge têtingalan. Mriksanana gambar ing karangan punika.

[Grafik]

Tukang ngêcap sinjang ing Tulungagung.

Ing nginggil sampun kacariyosakên, botên kok kawêkêlan tiyang siti punika botên wontên, ugi wontên, nanging botên wujud kawêkêlan asli, inggih punika niru kawêkêlanipun bôngsa ingkang dhatêng ing ngriki, kados ta tukang sêpatu, tukang kasur tuwin sanès-sanèsipun. Sadaya wau jalaran namung saking kabujêng, bilih tumindak makatên kemawon sampun sagêd angsal padamêlan tuwin têdha. Dados kagunanipun wau namung saking nêniru, botên saking wulangan, tamtu kemawon kasagêdanipun kirang sampurna. Kajawi punika têtiyang wau ugi kirang paham dhatêng sarana tuwin pranatan, inggih punika pranatan kangge pados pawitan utawi panyadening pamêdalipun, bab punika tamtu ugi anjalari kirang sampurnaning panataning padaganganipun, salajêngipun ugi kawon kalihan bôngsa sanès ingkang sampun kulina tuwin sumêrêp dhatêng daganganipun ingkang dipun tiru wau. Jalaran saking awis anjalari kirang sampurnaning kawontênanipun.

--- 1658 ---

Ngèngêti andharan ing nginggil, prêlu sangêt tumraping golongan wau dipun wontênakên rekadaya enggal, inggih punika sambêt kalihan wontênipun pamulangan-pamulangan kriya, kanthi dhêdhasar wiwit sinau ngantos dumugining tamating lare-lare wau, supados ing têmbe sasampunipun mêdal nyêkapi kasagêdanipun lan sagêd nindakakên panggaotan piyambak, kados ta: meubelmaker, tukang bêsi, horlogemaker tuwin sanès-sanèsipun kanthi dhêdhasar dagang.

Lan malih kêdah dipun èngêti, bilih tiyang guna punika kajawi nênukang ugi kêdah lampah among dagang.

Kajawi punika kêdah dipun wontênakên kantor advies bureau ing bab prakawis kawêkêlan dagang, ing ngriku para têtiyang guna ing sapunika, sagêd angsal tuntunan tuwin pitulungan anyêkapi ing bab kawêkêlan, awit sanadyan gadhah kasagêdan, ananging manawi tanpa tuntunan tuwin bêbantu pawitan, inggih botên sagêd majêng tuwin lêstantun gêsang.

Ing bab punika kula gadhah pamanggih, bilih Propènsi Jawi Wetan punika mundur sangêt dhatêng bab wontênipun kawêkêlan, tuwin bab sadaya wau manawi namung dipun kèndêlakên kemawon, botên tumuntên dipun pitulungi tuwin nênangi kawêkêlan-kawêkêlan wau, kenging dipun wastani bilih Propènsi Jawi Wetan kecalan kawruh bab kawêkêlan.

Sunjata.

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]