Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-01, #1646

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1931, #1646
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-01, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #438.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-02, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #439.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-03, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #440.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-04, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #441.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-05, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #442.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-06, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #443.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-07, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #444.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-08, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #445.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-09, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #446.
10.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-10, #1646 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #447.
11.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-11, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #448.
12.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-12, #1646 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #449.

Ôngka 7, 4 Pasa Taun Jimawal 1861, 24 Januari Taun 1931, VI

Kajawèn

[Iklan]

--- [97] ---

Ôngka 7, 4 Pasa Taun Jimawal 1861, 24 Januari 1931, Taun VI

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Bêtawi Sèntrêm.

Sêsawangan

[Grafik]

Gambar nginggil punika sêsawangan ing sacêlakipun pasiraman ing hulu sunge Iani, Sumatra Kilèn.

--- 98 ---

Kagunan

Yuyutsu (Yu Yut Su)

Sambêtipun Kajawèn nomêr 6.

Manawi tiyangipun dèrèng kraos sakit utawi taksih badhe budi, pamuntiripun gulu sarta panênêtipun kuping kêdah dipun sorani.

[Grafik]

10a. Gambar muntir gulu.

Manawi dipun suduk peso saking ngiringan kiwa tangan ingkang nyêpêng peso kacêpênga ngangge tangan têngên sarta ing ngajêng (mriksanana gambar 11) lajêng dipun putêr manginggil kadosdene damêl bundêran (cirkel), sêsarêngan tangan kiwa kasanggakna sikuting mêngsah, kaangkaha sagêd dados kados gambar 12.

[Grafik]

11. Gambar anyêpêng peso.

[Grafik]

12. Gambar mutêr tangan.

Cêpêngan tangan nginggil (handgreep).

Sikut têngên dipun cêpêng ngangge tangan têngên, tanganipun dipun êsuk supados sampun ngantos sagêd dipun angkat mangajêng, sêsarêngan tangan kiwa dipun robolakên têrus anyêpêng sikut saking lêbêt, tangan ingkang dipun cêpêng lajêng dipun tênêtakên sêsarêngan sukunipun piyambak ingkang kiwa kajangkahna wontên sangajênging [sa...]

--- 99 ---

[...ngajênging] mêngsah kaangkaha supados kados ingkang katingal ing gambar ing ngandhap punika.

[Grafik]

13. Gambar nyêpêng sikut.

Têkakan (wrug).

Manawi mêngsah badhe nyikêp utawi sanès-sanèsipun saking ngajêng, lajêng karangkula ngangge tangan têngên, lampahing tangan saking kiwa manêngên, sirah kakêmpit ing cengklekan têngên, tênggorokan katênêta mawi balunging tangan têngên sakiyatipun. SarèhnaSarèhne. tiyang wau botên sagêd ambêkan, ingkang limrah tanganipun lajêng botên sagêd nyongkol, sanajan sagêda kenging dipun tangkis ngangge tangan kiwa. Manawi ingkang nêkak wau andhawah suku dipun pancal, panyêpênging gulu botên ewah, tiyang punika tamtu sagêd putung gulunipun.

Antêman.

Kadosdene ing ngêlmi silat, ugi ngèlmi yuyutsu, pangantêmipun gadhah cara piyambak, sarta antêman wau sak sagêd-sagêd dipun dhawahakên ing saranduning badan ingkang gevoelig, supados manawi pangantêmipun rosa mêngsah sagêd kalêngêr utawi pêjah. Nanging ing ngriki botên prêlu kula aturakên, amargi ing ngèlmi yuyutsu antêman punika awis-awis dipun angge. Ingkang limrah namung badhe anyêpêng mêngsah, prêlu anamakakên greep utawi ambanting. Tiyang ingkang kenging kacêpêng adatipun namung kantun naros, punapa kapingin dhawah malumah punapa mangkurêb.

Mèh sadaya greep manawi dipun tamakakên kanthi sora sagêd adamêl tugêling ros-rosan utawi aniwasi. Pramila manawi sinau namakakên greep kêdah botên kenging grusa-grusu.

Kadosdene ingkang sampun kula aturakên ing ngajêng, sadaya wados-wadosing yuyutsu punika namung sakêdhik ingkang dipun sumêrêpi dening sanès bôngsa Jêpun, pramila sadaya ingkang kula aturakên ing nginggil punika kenging kaupamèkakên barang mirah kemawon. Ewadene manawi dipun sinau saèstu, punika ugi sampun lumayan kangge jagi salira. [sa...]

--- 100 ---

[...lira.] Sadaya pratikêl ingkang kasêbut ing nginggil punika kenging kawolak-walik kiwa têngênipun manut sakajêngipun ingkang nanjakakên.

Katsu (Katsu).

Sanajan antêman utawi bantingan cara yuyutsu punika sagêd adamêl tiwasipun mêngsah, ewadene bôngsa Jêpan gadhah kasagêdan kangge mitulungi tiyang ingkang kalêngêr utawi botên sagêd ambêkan jalaran dipun antêm utawi dipun banting. Kasagêdan punika ing têmbung Jêpan dipun wastani Katsu. Ing ngriki kula botên badhe nyariyosakên kadospundi pratikêlipun ananjakakên katsu wau, amargi kula piyambak dèrèng nate nulungi tiyang kalêngêr, dados dèrèng sagêd mastani lêrês lan botênipun, mila kula manah kirang prêlu kacariyosakên ing ngriki.

Tiyang sinau yuyutsu punika supados sagêd sampurna kêdah sinau kawruh saranduning badan, prêlunipun mangrêtos athik-athiking badaning manungsa.

Cara yuyutsu manawi mêngsahipun dhawah kêdah têrus dipun gêlut, prêlu badhe ananjakakên klem. Manawi klem sampun tumama kantun ngêntosi kajêngipun ingkang nyêpêng, punapa mêngsah badhe kadamêl sakit, punapa namung badhe dipun pêjahi akalipun, prakawis punika namung kangge manawi mêngsah sasampunipun dipun banting taksih badhe tangi utawi sanès-sanèsipun, nanging limrahipun manawi mêngsah punika botên ngrêtos yuyutsu utawi badanipun botên kiyat, dipun banting kemawon sampun tamtu botên sagêd tangi. Manawi klem punika dipun tanjakakên kanthi lirih, mêngsah namung pêjah akalipun kemawon (botên sagêd budi). Manawi sora anggènipun nanjakakên, sagêd adamêl putunging ros-rosan (gewrichten), sawênèhing klem sagêd adamêl tiwas. Mila manawi sinau klem punika botên kenging grusa-grusu. Manawi sinau nanjakakên klem kalihan kônca, salah satunggal ingkang kenging klem manawi sampun kraos sakit, prayogi nyukani tôndha, upami nablèk saliranipun ingkang nyêpêng, wondene ingkang nyêpêng manawi sampun dipun tablèk, kêdah ngêculakên cêpênganipun.

Ing ngriki kula badhe mangsuli malih prakawis andhawah. Andhawah punika paedahipun agêng, botên ngêmungakên kangge main yuyutsu kemawon, nanging ugi sagêd mitulungi sawanci-wanci manawi dhawah. Kula sampun anyipati piyambak tiyang dhawah kajungkêl wontên kalèn ingkang lêbêtipun wontên kalih mètêr tur dhasaripun jubin, sagêd wilujêng jalaran saking kasagêdanipun andhawah. Tiyang wau namung babak sakêdhik ingkang botên mutawatosi. Manawi botên sagêd andhawah apês-apêsipun malêbêt griya sakit, manawi botên kalêrêsan sagêd putung gulunipun utawi kontag utêkipun (hersenschudding).

Manawi sinau andhawah prayogi dipun wiwiti wontên ing panggenan ingkang êmpuk, upami kasur utawi pawêdhèn. Manawi sampun mangrêtos saèstu pratikêlipun, kawiwitana andhawah wontên ing siti utawi jubin. Sadèrèngipun sagêd saèstu, poma-poma sampun andhawah wontên ing jubin, punika mutawatosi sangêt, kula nyipati wontên tiyang kasêsa wantun sinau andhawah [andha...]

--- 101 ---

[...wah] wontên ing jubin, cêthitipun kenging jubin lajêng botên sagêd lumampah ngantos saminggu. Ewadene manawi sampun sagêd saèstu sarta salira sampun kulina, sanajan dhawah wontên ing jubin botên kraos sakit.

Ingkang kula cariyosakên ing nginggil punika namung sawatawis saking 300 akal (trucs) yuyutsu kados ingkang kasêbut ing ngajêng, sarta botên sapintêna saenipun, jêr kula sanès tiyang ingkang mumpuni dhatêng kagunan punika. Manut cariyosipun guru ingkang kasêbut ing ngajêng, tiyang badhe sagêd yuyutsu saèstu, botên cêkap sinau sataun kalih taun, nanging dasanan taun.

Prakawis yuyutsu punika kula jugag samantên kemawon, sanès dintên kula nyariyosakên prakawis selat.

Samsi.

Wulang Sae

Taman Kajawèn

[Dhandhanggula]

mardi budi dènirarsa mamrih / tama tuman tumanêm ing nala / supadyantuka manise / ardaya ngriptèng kidung / jajalan mrih anênuntuni / ing tyas angraos tuna / purwakèng mangapus / wawasan ing isènira / adining kang pustakawarti Kajawin / sri yayah patamanan //

taman agung dahad anglam-lami / mila pênêd lamun pinilala / lumastari salamine / dening pra mitra sagung / bôngsa Jawi jalu lan èstri / mèt karênan myang guna / nèng jro taman luhung / wit sajroning patamanan / têtanêmanira adi amêpêki / sadaya wèh piguna //

sumawana kang para raryalit / linantiha karêm dêdolanan / nèng jro tamaning Kajawèn / dhasar papan wus sinung / nunggil anèng papan sawiji / sinêbut Taman Bocah / pamintaning dunung / mrih tan kalintu ing prênah / unggyanira janma diwasa sinisih / lawan doning pra wêka //

arsayèng tyas dera mèt pakolih / tuhu lamun jroning patamanan / anyakupi sadayane / sagung sarwa tinandur / adi endah amôncawarni / sêkar miwah wohira / yèku witing kawruh / ingkang kêdah kinawruhan / myang binudi dening para mitra Jawi / mangkana wijangira //

jatiningkang têtanêman adi / jêr sanyata Kajawèn angêwrat / kawruh adi sadayane / tumrap wanita jalu / yèku kawruh basa upami / tuwin panggulawênthah / reka anênandur / babad tuwin kasarasan / kasusilan lah-olahan tuwin malih / panuntun laku tama //

gunêmira Petruk Garèng mamrih / anuntuni pikir ingkang tuna / sêsêmbranan mèt pranane / myang pakabaranipun / jroning praja lan sanès nagri / kanthi gambar sanyata / cêkak aosipun / sadaya amêngku pedah / ing pangraras tan kaduk nguyah asêmi / apan amung sanyata //

rumêsêpnya janma kang umèksi / nadyan amung sinangkan sing wisma / sasat ngawruhi sanggyane / ing don ingkang ngalangut / kang kacêtha sajroning tulis / kadi ta ananira / rêdi kang anjêblug / Tamansari ing Ngayogya / pakêmpalaning para wanita Jawi / miwah kaanan liyan //

dhumawahing papan ingkang têbih / kongsi praptèng jajahan Eropah / kathah winot ing

--- 102 ---

Kajawèn / pinilih ingkang prêlu / mrih amot ing papan nyêkapi / kawontênan mangkana / nyata saenipun / prandene ing sêdyanira / apan maksih binudi mrih dadya bêcik / tuhu langkung utama //

sunduk lawan andharannya nguni / dyan rêdhaktur nèng Kajawèn enggal / nomêr juga warsa nêmbe / sèwu lan sangang atus / tigang dasa satunggal nênggih / têtêping rêginira / mrih karênan nutug / marma wajib pra lêngganan / sung tarima ing tyas kanthi tôndha yêkti / yèku sarananira //

ing tyas sêtya pambayaring rêgi / sabên kwartal kang datan sapira / pinikir lan pigunane / mrih kasêmbadanipun / gêsangira taman lêstari / tan wontên sambekala / wèh sukaning kalbu / kadi kasanggupanira / marma mangke amba usul sawatawis / manawi dèn parêngna //

pangrêmbag nèng polêksrad prayogi / dèn êwrata anèng jroning taman / punika gung pigunane / wit dadya têlêngipun / sagung rêmbag tumrap sakalir / dene pangêwratira / rèh sabên ri Saptu / wus ngêwrat kang Taman Bocah / yogyanira ri Buda dèn êwrat mugi / atur amba mangkana //

cinondhongan dening para wajib / amanggalih mamrih saeninira / wontêning taman Kajawèn / sukur lamun wus cundhuk / lan wijining sêdya utami / kang sinimpên wus lama / nèng têlênging kalbu /§ [Asmaradana]¶mangkya aturing rêdhaksi / dahat ing panuwunira / mring katranganing sadhèrèk / sadaya ingkang kawêdhar / nocogi sining taman / panjrahing sêkar malêtuk / tuhu wèh gônda rum ngambar //¶sumrik-sumrik maratani / praja myang dhusun kèbêkan / amêwahana sênêne / kang sumamar kasuluhan / puwara kasêmbadan / pangudi arjaning laku / widadaa salaminya //¶wondene bab panuwuning / sadhèrèk darapon ngêwrat / rêmbaging polêksrat mangke / yêktine langkung utami [utama] / nanging kuciwanira / ing taman ngriki tan cukup / papan wus kêbak sadaya //¶dadya kapêksa tan bangkit / mituruti ing panêdha / mugi ywa rêngat galihe / dipun agung pangapura / samantên atur kula / tarlèn sami muji sukur / lêstarining patamanan // Red. puwara ingkang mangkana / mung sumôngga ing kaparênging panggalih / tuwin atur kawula //

tandukira kang tan amranani / miwah patrap pangikêting basa / sayêkti kathah sisipe / tarlèn amung nyênyuwun / lumunturing sih pangaksami / mring sagung pra nupiksa / titining pangapus / pinèngêtan warsa surya / sinangkalan: iku guna trusthèng janmi / martani suka arja //

Lêngganan K. 5064.

Pêkên Enggal

[Grafik]

Sisih punika gambaripun pêkên enggal ing Pasar Minggu, Mèstêr Kornèlis. Ingkang sampun kabikak nalika dintên Sabtu tanggal kaping 17 wulan punika. Kapetang waragad saha panumbasing siti wontên f 49418.-

--- 103 ---

Kawruh Sawatawis

Cêkakanipun Kawruh Bêksa Tayub (Gagragan Enggal)

Bêksa tayub punika wontên warni kathah, upaminipun bêksa tayub kasatriyan, lan sanès-sanèsipun, gumantung inggil sarta andhaping drajatipun ingkang kadhawahan sampur sarta ingkang larih. (Têmbung larih punika têgêsipun angladosi, dados tiyang ambêksa nglarihi punika têgêsipun angladosi ingkang kadhawahan sampur). Ingkang nuju kêdhawahan sampur punika kêdah angaosi ingkang sami larih, kaping kalihipun kêdah angaosi ingkang gadhah griya. Wondene ingkang larih ugi kêdah angaosi ingkang nuju kêdhawahan sampur sarta ingkang gadhah griya. Cêkakipun tiyang ambêksa wontên ing tarub punika botên kenging sakajêng-kajêngipun piyambak kemawon, kêdah mawi tatan ingkang sae sarta ngurmati dhatêng para tamu sanès-sanèsipun ingkang wontên ing pandhapi ngriku.

Mênggah tiyang ingkang kêdhawahan sampur punika bêksanipun sakajêngipun piyambak. Liripun kenging mamèrakên kasagêdanipun ambêksa, nanging kêdah mawi tatanan kados ingkang kasbut ing nginggil, sarta kêdah ngêmong dhatêng ingkang sami nglarihi.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun bêksa ngibing cara Sundha.

Tiyang larih punika limrahipun rakit kalih-kalih, mawi gêlas lan kêndhi. (Nglarihi ambêksa piyambak punika kêtingalipun dêksura, kajawi manawi ingkang nuju kêdhawahan sampur punika langkung andhap drajatipun utawi langkung ênèm katimbang ingkang larih, tur sapunika kenging kawastanan sampun botên anjaman), tiyang larih punika sasagêd-sagêd amêthukakên lampahipun ingkang kêdhawahan sampur. Sasampunipun mêthukakên sarambahan lajêng sami malik amêthukakên malih, kaangkaha dumugi têngahing pandhapi nuju dhawah gong, ingkang larih lajêng sami ngaturakên unjukan, wusana ingkang saprangkat mundur. Rakitan sanèsipun taksih lajêng ambêksa, ingkang kêdhawahan sampur kêdah ngladosi satunggal-satunggaling rakitan wau ngantos ingkang pungkasan piyambak.

Cakipun bêksa tayub limrah kados ngandhap punika:

--- 104 ---

Cak sapisan tanjak têngên ukêl asta têngên (dipun kintên-kintên wontên sangajênging timang)… (1)

Ngoyog badan, pacak jôngga mangiwa… (2)

Suku têngên majêng, asta kiwa ukêl, polatan mangiwa… (3)

Tanjak suku kiwa, asta kiwa sampun dados ukêlipun wontên ing ngajêng… (4)

Ngoyog badan, pacak jôngga mangiwa… (5)

Suku kiwa majêng, asta têngên ukêl, polatan manêngên… (6)

Tanjak têngên, asta têngên sampun dados ukêlipun wontên ngajêng… (7 = 1)

Bêksa têmantèn. Têmantèn yèn ambêksa wontên ing panggenanipun marasêpuh, punika wiwitipun ambêksa wontên ing kontêning pandhapi (atêgês ngurmati dhatêng marasêpuh). Gêndhingipun ingkang limrah: Êla-êla.

Yèn têmantèn ambêksa wontên ing panggenanipun piyambak, wiwitipun wontên sangajêngipun kontêning griya. Gandhèngipun ingkang ngadat: boyong (awit limrahipun tiyang Jawi mantèn panggih punika wontên ing panggenanipun ingkang èstri, salajêngipun bibar sapêkên kapundhut dhatêng panggenanipun pangantèn jalêr).

Bab gêndhing ing bêksa tayub. Tiyang tayuban punika manawi mundhut gêndhing, kajawi kaparênging panggalih, ugi kêdah ngèngêti lênggahing laras gathukipun kalihan wanci.

Jam 8 dumugi jam 12 slendro, pathêt nêm utawi pelog pathêt gangsal.

Jam 12 dumugi jam 3 slendro, pathêt sanga, pelog pathêt nêm.

Jam 3 dumugi jam 6 slendro, pathêt manyura, pelog pathêt manyura utawi pathêt barang.

Sasagêd-sagêd miliha gêndhing prênès, nanging sarèhning wontên ing laras pelog pathêt gangsal utawi slendro pathêt nêm punika gêndhingipun awis ingkang prênès ingkang prayogi tumraping bêksa bêksa tayub, mila lajêng ingkang dhawah enjing kenging dipun walik, cêthanipun sontên jam 8 dumugi jam 12 kenging ngangge gêndhing slendro pathêt manyura utawi pelog manyura sarta barang.

Ingkang dipun wastani bêksa merong wontên ing bêksa tayub punika, ambêksa yèn gêndhingipun dèrèng manggih iramanipun dados kêndhangan ciblon (gêndhingipun kawastanan sawêg merong).§ Kajawèn ngêwrat karangan ing nginggil punika, botên jalaran saking anggènipun ngrujuki dhatêng wontênipun bêksa tayub punika, nanging namung badhe anjangkêpakên kawruh, ingkang gêgayutan kalihan kagunan Jawi, awit salêrêsipun saupami bêksa tayub punika miturut tatanan sayêktos, saèstu kenging tiningalan.

Suharda.

--- 105 ---

Jagading Wanita

Pandamêlipun jênang nanas

Para maos kados botên kêkilapan, mênggahing têtêdhan nama jênang nanas, kados kemawon ugi sampun sami ngraosakên dhahar. Awit jênang nanas punika padatanipun, kangge nyamikan abên ngunjuk wedang, trêkadhang jênang nanas punika asring kangge isèn-isèn roti bolu, nanging roti bolu ingkang ngangge isèn-isèn jênang nanas, kalêbêt roti bolu ingkang adèn, lan ugi asring kangge isèn-isèn dhêdhaharan sanèsipun, ingkang kalêbêt bôngsa adèn.

Wondene ingkang badhe kula andharakên ing udyana Kajawèn ngriki, inggih punika pandamêlipun jênang nanas. Ewasamantên manawi panjênênganipun kangmas rêdhaktur, marêngakên ngêwrat ing papaning Kajawèn ngriki. Bokbilih wontên paedahipun, kangge mêwahi sêsêrêpan para sadhèrèk ingkang lêngganan Kajawèn, ingkang kirang mangrêtos. Mênggah têrangipun pandamêlipun, kados ing ngandhap punika:

Panjênêngan ingkang krêsa badhe nyobi, mundhuta nanas gangsal iji, lajêng kaoncèkana sadaya, sasampunipun kaoncekan sadaya, kairis-irisa, sakintên agêngipun irisan wau. Prêlunipun manawi dipun parud, sagêd anggampilakên panyêpêngipun. Sapunika nanas oncekan wau lajêng kaparud sadaya, ingkang kangge marud, inggih punika parud ingkang kangge marud klapa, sukur manawi wontên parud ingkang ragi agêng, supados gampil. Bilih sampun dados parudan sadaya, parudan wau lajêng kapêrêsa, ingkang ngantos apuh ical toyanipun. Pêrêsan parudan nanas wau, kawadhahana samukawis wadhah sapantêsipun. Sapunika abênipun: mundhuta klapa kalih, klapa punika dipun pêndhêt santênipun, gêndhis pasir kalih katos, lan galêpung kêtos sakatos.

Lah, sapunika manawi sampun cumawis sadaya, kantun pangolahipun. Cawisa wajan waos, manawi botên wontên wajan waos, kenging wajan siti. Sasampunipun gêndhis lan santên kacampur nuntên kagodhog ing wajan wau rumiyin, manawi sampun ragi kênthêl (mata ula), parudan nanas wau lajêng kacêmplungakên. Kaudhaka ingkang ragi dangu, nuntên glêpungan kêtos punika, lajêng kacampurakên lan kaudhaka sakênthêlipun (kêsêt), manawi sampun katingal kêsêt, lajêng dipun êntas, punika sampun nama jênang nanas. Wontên malih anjênang nanas ingkang beda kalihan punika, inggih punika namung nanas lan gêndhis kemawon, punika botên sagêd akas (kêsêt), sapunika wadhahipun, ingkang kangge mêntas saking wajan. Mundhuta nampan kajêng, yèn botên wontên nampan kajêng, kenging wadhah sanèsipun, ingkang kenging kangge ngêlèr, utawi anggaringakên, [angga...]

--- 106 ---

[...ringakên,] sakintên ing ngriku botên murugakên ngumis (ngêdalakên toya). Sasampunipun kawadhahan, kaêlèra sakintên ragi gêmpi, lajêng kairis-iris, punapa badhe dipun buntêli kadosdene sêle pisang, punapa badhe kadamêl isèn sêtoplès, kiyat kasimpên ragi dangu, ngantos wulanan. Punika pratikêlipun, manawi sampun kairis-iris, iris-irisan jênang wau lajêng dipun êpe, pangêpenipun kintên-kintên manawi sampun kêring (garing), nanging garingipun sampun ngantos kados sela, lajêng dipun êntas. Lah, punika manawi sampun kados makatên, kiyat kasimpên ngantos wulanan. Kenging kangge tambêl bêtah, sawanci-wanci bilih wontên sanak sadhèrèk dhatêng, punika kenging kangge abên-abên wedang. Punapa malih dhong kang putra nyuwun arta kangge jajan, dipun lintoni punika.

[Grafik]

Gambar nanas ingkang sawêg dipun oncèki.

Namung cêkap samantên andharan kula bab jênang nanas. Bilih wontên sadhèrèk krêsa paring sêsêrêpan pandamêlipun jênang nanas, kula nyuwun mugi wêdharna ing udyana ngriki. Awit mênggah sêsêrêpan kula wau, bokbilih kirang lêrêsipun. Botên namung saking panyuwun kula, para sadhèrèk sadaya, ingkang sami maos isining Kajawèn, ngêgungna ing samodra pangaksamanipun. Awit saking kiranging têtêmbungan, saha ukaranipun.

Muh Sarirêja.

Ing sarèhning wêkdal punika nyarêngi wulan Siyam, salajêngipun sabên Kajawèn mêdal, badhe ngêwrat pratelan dhaharan minôngka kangge pacitan buka. Red.

--- 107 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Bab Priyantun Pangrèh Praja ing Polêksrad

I.

Garèng: Truk, Truk, anggone rêmbugan prakara lagi dina Saptu kae, padha dilèrèni dhisik, saikine aku kêpengin rêmbugan karo kowe prakara sing prêlu têmênan, sing wêktu kiyi lagi dadi ucap-ucapane sabên irung. Yaiku: anane priyayi-priyayi sing padha dipilih dadi lid polêksrad. Mungguh panêmumu kapriye, Truk, lide polêksrad bôngsa Indhonesiah kuwi, sing dipilih sing akèh jêbul para priyayi golongan pangrèh praja. Mara, pikirên, ing tanah Jawa bae, ingatase sing dipilih kuwi mung ana sêpuluh glintir, sing pitu kok jêbul para priyayi saka golongan pangrèh praja.

[Grafik]

Petruk: Wiyah, kok kaya etung-etunganing tike kathik nganggo glintir barang. Ora, Kang Garèng, kowe pitakon mungguhing panêmuku para priyayi pangrèh praja padha lênggah ing polêksrad. Kuwi ing bab apane. Apa ing bab kapintêrane, rumasaku kaya-kaya iya wis cukup thik nganggo bangêt, awit apês-apêse para priyayi sing kêpilih dadi lid polêksrad iki iya mêksa wêton pamulangan plêdhingsêkul. Apa ing bab balanjane, ing sarèhning sing wis kêpilih kuwi cilik-cilike apangkat patih, têmtune iya adoh yèn sok nindakake kaya kowe aku kae, yaiku: ikêt siji dilêbokake ing gadhèn kabèh. Apa ing bab kaprawirane, kira-kiraku iya mokal yèn nganti kalakon kaya kowe aku: mudhun saka dhokar, disênèni ing kusir, sabab pambayarane kurang.

Garèng: Hara, kok banjur sing-sing ngono, sing diomong. Aku kiyi arêp omong prêlu têmênan, Truk, ora arêp gêguyon, mulane saiki tak balèni manèh pitakonku, Truk, mungguhing panêmumu kapriye, priyayi pangrèh praja lênggah ana ing polêksrad kuwi, apa bakal migunani tumrap tanah Indhonesiah kene, apa kêpriye.

Petruk: O, mêngkono pitakonmu. Nèk mungguhing aku, wong dadi liding bêbadaning pamarentah kuwi rak gumantung nyang wonge, ora nyang pangkate. Sabab kaya-kaya rak iya ora kurang,

--- 108 ---

ta, priyayi pangrèh praja kang lênggah ana ing rad-rad, sing pancèn katon pamore têmênan, têgêse: ora ngêmungake bisa nyandhak apa sing dirêmbug ana ing kono bae, nanging nèk prêlu uga wani lan bisa mancahi utawa urun rêmbug. Kosokbaline, rak iya ana bae, lid-lid bêbadaning pamarentah sing dudu priyayi pangrèh praja, ana ing kono, cara kêndhurène mono, kayadene tindaking glibêd (baturing santri), arêp mèlu oman-amin bae, durung katut, bisane mung anjèrèng kacu anggawa brêkat.

Garèng: We, hla, gênahe Petruk kiyi ngrewangi. Yah, iya ora adil, nèk banjur ewang-ewangan mêngkono, dumèhane wis tau nyambut gawe nyang pangrèh praja, tur jênênging pangkate dawa, yaiku: magang lir ling èlêpsêkripêr asistèn wadana, banjur ngumbul-umbulake priyayi pangrèh praja. Kowe kudu kôndha sing adil, aja nganggo pilih sih ngono. Mara, nèk mawas kapintêrane bae, tumraping priyayi pangrèh praja kuwi unggul-unggule rak mung wêton bêstirsêkul. Balik liyane golongan pangrèh praja, rak bisa milih sing jêmpul-jêmpul, kaya ta bangsaning: insinyur, dhoktêr, mèstêr lan sapêpadhane, dadi bisa milih para kang wêton saka pamulangan luhur. Hara, mungguhing kapintêrane, priyayi pangrèh praja yèn dipadhakake karo bangsaning singir, dhoktêr utawa mèstêr mau, apa iya ora nyamut-nyamut bangêt.

Petruk: Kang Garèng, aku iya ngandêl, yèn kapintêrane priyayi pangrèh praja umume kalah karo insinyur, apamanèh ing bab ... gawe omah, krêtêk, lan sapadhane. Priyayi pangrèh praja iya kalah kapintêrane, nèk dipadhakake karo dhoktêr, luwih-luwih ing bab ... nênambani wong krowak, wong lara panas, watuk, mêngi lan sapiturute. Mêngkono uga priyayi pangrèh praja iya mêsthi kalah kapintêrane, nèk dipandhing karo bangsaning mèstêr-mèstêr kae, ning iya ing bab ... artikêl sêmene, sêtatsêblad taun sêmana, cêkakane ing kawruh-kawruh sing gêgayutan karo ngilmu kukum. Nanging mungguhing kawruh liya-liyane, apa iya kalah, hla kuwi durung kinar, sèh. Kaya ta: kaanane ing desa, mangsaning tandur, ngurus prakara, anggolèki maling, ambagi banyu, prakara lanrèntê, lan isih akèh manèh tunggale. Malah kira-kiraku para insinyur, dhoktêr, mèstêr mau, iya mêksa kalah upama dièksamên karo para priyayi pangrèh praja ing bab ... milih sêlir, main cêki, bakaran, sêlikuran ...

Garèng: Wis, wis, kok banjur ora karuwan mêngkono sing diomong. Ana ngrêmbug kapintêran, kok milih sêlir, cêki, bakaran barang digawa-gawa.

Petruk: Lo, kowe aja kaliru tômpa, Kang Garèng, anggonku ngomong mangkono mau, mung arêp ambuktèkake, yèn wong dadi priyayi ing pangrèh praja kuwi kudu jêmbar kawruhe, dhuwur sêsurupane, lan cukup kapintêrane.

Garèng: Aku pancèn iya ngandêl, Truk,

--- 109 ---

yèn priyayi pangrèh praja kuwi kudu jêmbar kawruhe, dhuwur sêsurupane, sarta cukup kapintêrane, sabab saka kagawa pagaweane, pancèn iya rênês, aliyas rupa-rupa bangêt. Nanging jalaran saka kagawa pagaweane mau, sing banjur tansah kajèn kèringan: nèk nang gone wong duwe gawe mêsthi nang ngisor talang, sanadyan nyumbange ora sapiraa, mêksa olèh papan sing kapenak dhewe, dhaharan sing nomêr wahid, nèk kabênêr tayuban, iya olèh sampur dhisik dhewe, lo kuwi sok anjalari priyayi pangrèh praja banjur kagungan watak arêp ngukuhi adat cara kuna, têgêse: nèk ana wong sowan, sing didangu dhisik dudu wonge, nanging ... pangkate, malah kadhangkala sing diopèni jêbul ... sandhale. Anggone nyawang bawahe, ora kok anggone mêmpêng panyambutgawene, nanging anggone ... nang dalêm, nang dalêm, lan sedhokan panyêmbahe. Hla, nèk watak kaya mêngkono kuwi digawa nyang polêksrad, apa iya ora bakal ngalang-alangi kamajuaning bangsane dhewe kiyi. Awit ing têmbe yèn ing polêksrad angrêmbug manèh tumindake ormat sirkulèr upamane, yaiku: supaya sêmbah dhodhok sabisa-bisa kudu diilangi, kiraku bêndara-bêndara priyayi mau kanthi barêng mêsthi padha nyauri: tidhak mupakat.

Petruk: Kang Garèng, omongmu kang mangkono kuwi, sanyatane kêna yèn banjur diaranana: pangina utawa panacad. Awit sabênêre, lakuning jaman kuwi ora mung ngênani nyang wong sing kaya kowe aku bae, nanging sanadyan wong sing uripe nyang donya wis kêpenak êmbahning kêpenak, iya mêksa diambah dening lakuning jaman mau. Buktine: pakumpulan meja bundêr kae, sing angrêmbug bab panuwunane para kawula ing tanah Indhu supaya olèha kamardikan, lo, kuwi sapa sing nyana, yèn para raja-raja Indhu, sing ana ing donya kene wis ora beda karo ana ing suwarga, têgêse: ana ing donya kene wis bisa tinurutan apa karêpe, ewadene pêpuntone pikirane kok iya padha bae karo kawulane. Hara, kiyi rak wis têrang bangêt ta, yèn dayaning jaman kuwi ora mung nyang wong siji loro bae, nanging mratah. Nanging ing bab kiyi padha dilèrèni dhisik, liya dina padha dibanjurake manèh.

Nglêrêsakên Kalêpatan

Ing Kajawèn nomêr 4 kaca 55, ing bab bantingan wêtêng (maagworp) wontên ungêl-ungêlanipun: suku kiwa kapanjatna ing wêtêng ragi mangandhap, lajêng andhawah, punika lêpat. Lêrêsipun: suku têngên kapancatna ing wêtêng ragi mangandhap, lajêng andhawah. Mugi kauningana.

--- 110 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah

Pilihan warga rad kawula.

Kala malêm Sêtu tanggal 17 Januari kantor panyêteman rad kawula sampun parêpatan malih, anêtêpakên angsal-angsalanipun sêteman warga rad kawula gangsal wêlas gologan bôngsa Walandi.

Ingkang katêtêpakên kapilih inggih punika: Tuwan F.H. de Hoog, gêdhêlêgirdhê saha pangarsa upbêstir I.E.V., Tuwan Mr. R.A.A. Fruin, pangarsa upbêstir V.C. Tuwan Mr. P.A. Blaauw, warga upbêstir I.E.V. saha gêdhêlêgirdhê Tuwan Mr. P.M.C.J. Hamer, sèkrêtaris Java-Suiker-Werkgevers Bond, saha warga upbêstir V.C. Tuwan F.H. Zeydel, warga rad kawula saha warga upbêstir I.E.V. Tuwan W.K.K.H. Feuilletau de Bruyn, Mayor Inpantêri saha warga V.C., Tuwan N. Beetes, warga rad kawula saha upbêstir I.E.V. Tuwan Ir. E.J.L. Fuhri, up insinyur Propinsi Jawi Têngah ing Têgal saha warga I.E.V. Tuwan H.J. van Holst Pellekaan, warga V.C. saha adminisêtratir kabudidayan Cibulang (Bogor), Tuwan J.A. Monod de Froideville, warga rad kawula saha pangarsa upbêstir I.K.P, Tuwan C.E. Barre, residhèn Bôndawasa saha warga, I.E.V. Tuwan S.I. Kahn, wêwakil N.V. Tels & Co. ing Sêmarang saha warga V.C. Tuwan A.J.E.N. Engelenberg, warga rad kawula saha warga P.E.B. Tuwan Dr. E.J. Burger, kontrolir pangrèh praja klas satunggal ing Bêtawi saha kandhidhat, Vereeniging van Bestuursambtenaren, saha Tuwan Mr. C.C. van Helsdingen, gêdhêlêgirdhê saha kandhidhat C.S.P.

Malêm Sêlasa kantor panyêteman wau parêpatan malih, anêtêpakên angsal-angsalanipun sêteman warga rad kawula tiga golongan bôngsa mônca.

Ingkang katêtêpakên kapilih inggih punika: Tuwan H.H. Kan, tuwan tanah Tuwan Yo Heng Kam, kaptin bôngsa TiongHoa saha gêdheputirdhê Jawi Kilèn, saha Tuwan Loa Sek Hie, tuwan tanah, tiga pisan sami warga lami.

Indhakan prabeya sègêl padagangan.

Miturut wara-waranipun dhirèktur pinansiên, wiwit tanggal 1 Pèbruari ngajêng punika prabeyanipun sègêl padagangan saèstu kaindhakakên sèkêt pêrsèn, inggih punika sabên satus rupiyah saking sadasa sèn kaindhakakên dados gangsal wêlas sèn.

Pamulangan luhur kadhoktêran.

Lulusan dadaranipun kandhidhat perangan ingkang sapisan, Tuwan Sunarya (Sêlang, Lombok wetan).

Insêpèktur pangajaran têngahan.

Kapetang wiwit tanggal 2 Januari taun punika, Dr. Ir. P.N. Degens, insêpèktur pangajaran têngahan kaparêngakên lèrèh saking kalênggahanipun kanthi kapatêdhan panarimah, dene ingkang kawisudha dados gêgêntosipun inggih punika Tuwan C. Hartogh, suwau ajung insêpèktur saha binêbahan padamêlan, insêpèktur ing pangajaran wau.

Propagandhah Budi Utama.

Pambantu B.N. ing Surabaya mirêng kabar bilih Tuwan Sudarya, sèkrêtaris pangrèh agêng Budi Utama ing Surakarta wêkdal samangke andamêl propagandhah wontên ing Jawi Wetan. Ing Surabaya manawi sampun cêkap cacahipun ingkang malêbêt dados warga lajêng badhe dipun wontênakên pang piyambak, dintên Ngahad ing Pasuruan saha ing Prabalingga badhe dipun wontênakên parêpatan propagandhah. Awit saking panyuwunipun propagandhis wau pang Malang ugi badhe andamêl propagandhah miturut Indonesia Raja, organipun para sêtudhèn bôngsa pribumi ing Bêtawi, panyuwunipun Tuwan Mr. Dr. Suripta supados katampi dados warga Budi Utama pang Bêtawi katampik, jalaran Tuwan Suripta wau kala wontên ing nagari Walandi dados panuntunipun Nederlandsch-Indonesisch Verbond, ingkang ancasipun botên salaras kalihan dhêdhasaripun Budi Utama.

Lindhu.

Kala malêm Sênen ingkang kapêngkêr wanci jam satêngah sanga langkung gangsal mênit ing Batawi wontên lindhu, dangunipun sawatawis sêkon. Miturut pambantu B. N. lindhu wau ing Sukabumi ugi kraos. Miturut katranganipun, Observatorium têlêngipun lindhu wau têbihipun 170 k.m. ing sisih kiduli kilèn, dados ing têluk Wènkup.

Kala dintên Rêbo wanci jam pitu langkung sakawan mênit, Kon Observatorium sampun anyathêti lindhu agêng saking kidul wetan, têbihipun 300 k.m., awit saking lindhu wau ugi kraos ing Pakis, Têgalrêja-Magêlang-Purwakêrta-Sêmarang-saha Têgal.

Salêbêtipun wontên lindhu wau kawartosakên bilih ingkang pêjah wontên tiyang 16, karugianipun kirang langkung wontên f 100.000.-.

Konsul Jendral Pêrancis.

Saking Dèn Hah Aneta martosahênmartosakên. bilih Tuwan Gérardin kaakên saha kaparêngakên jumênêng konsul jendral Pêrancis wontên ing Bêtawi.

--- 111 ---

Mohamadiyah.

Dèrèng dangu pangrèh agêng Mohamadiyah Apdhèling Penoeloeng Kesengsaraan Oemoem sampun ngawontênakên parêpatan umum manggèn ing pandhapa pangulon ing Ngayogya, dipun pangarsani Tuwan Haji Brahim, miturut palapuranipun taunan, andhèling wau sampun gadhah griya lare yatim kalih, griya tiyang miskin satunggal, poliklinik kalih: ing Imagiri saha ing Kuthagêdhe saha satunggal malih ing kitha Ngayogya. Salêbêtipun taun ingkang kapêngkêr cacahipun lare yatim ingkang kapupu ing griya lare yatim wontên 75. Griya lare yatim ingkang kangge lare èstri isi lare tigang dasanan.

Tuwan Ch. J.I.M. Welter.

Saking Dhen Hah Aneta martosakên bilih Paduka Tuwan Welter, Pisê Presidhèn Rad Indhia, wiwit tanggal 4 Marêt ngajêng punika kaparêngakên lèrèh saking kalênggahanipun kanthi kapatêdhan panarimah.

Komandho marinê.

Kala dintên salasa enjing wontên ing Tanjungpriuk pise admiral A. Ten Broecke Hoekstra sampun amasrahakên komandhoning marine dhatêng gêgêntosipun schout bij nacht J. F. Osten.

Kaum Kristên Batak saha rad kawula.

Miturut Aneta-Nipa, kala tanggal 19 wulan punika ing Balige sampun dipun wontênakên parêpatan dening pakêmpalan Kristên Batak kalih wêlas, dipun jênêngi kirang langkung tiyang sèsu. Parêpatan wau dipun tuntun dening pangrèh agêng Radja-Bond, dene ingkang mêdhar sabda inggih punika Tuwan Sumuru saha Tuwan Siahaan, up rêdhaktur Bendera Kita. Wasana lajêng ngawontênakên mosi, badhe nyuwun dhatêng parentah supados angangkat salah satunggiling kandhidhatipun dados warga rad kawula. Ingkang dipun kandhidhatakên inggih punika Tuwan Sinambelah, Tuwan Dr. Naigolan, Tuwan Lodhêwik, Tuwan Sihèmbing saha Tuwan Maradhên.

Bêna ing Sumatra.

Awit saking kathahipun jawah lèpèn Wampu ing Dhèli sampun bêna, tanggul-tanggulipun ing kalih wêlas panggenan sami jêbol, anuwuhakên karisakan ing kabudidayan-kabudidayan sata. Ing Aèksigeon ugi katrajang bêna. Tanggul ing Tarutung jêbol, margi ng ngriku panjangipun 200 metêr larut. Miturut pawartos saking Padhang, margi sêpur ing sacêlakipun Solok panjangipun 20 metêr larut katrajang bêna agêng. Pintên-pintên dhusun ing wêwêngkon Payukumbuh sami kêlêban, sabin-sabin sami risak. Miturut tilgram saking residhèn ing Tanjungpinang (Rio) lèpèn Kuwantanam bludag, saondêr apdhèling kêlêban, sabin-sabin sami risak, awit saking dhawuhipun pangrèh praja dhusun-dhusun ing sisih nginggil saha dhusun Paluk sami kasuwungan.

Pedhêrasi pakêmpalan-pakêmpalan Islam ing Mênadho.

Kanthi tuntunanipun Tuwan Makmur Lubis ing Minahasah sampun dipun wontênakên pedhêrasi pakêmpalan-pakêmpalan ingkang adhêdhasar Islam, kanamakakên Perserikatan Moeslim Minahasa. Ancasipun inggih punika anyêkapi kabêtahanipun kaum Islam ing ngrika, upaminipun ngadêgakên mêsjid, pamulangan, pondhokan sapanunggilanipun.

Panyadean candu ing Jawi Kilèn.

Salêbêtipun taun 1930, candu ingkang kasade ing Jawi Kilèn wontên 86.000 tail. Salêbêtipun taun 1929 wontên 90.540 tail. Mlorodipun panyadean candu wau kajawi jalaran saking malèsèting môngsa ugi saking propagandhanipun bôngsa Tionghwa kaum ênèm ingkang ngajêngakên sirnanipun candu.

Kantor padamêlan.

Kawisudha dados amtênar adwinisètrasiadminisêtrasi. ing kantor padamêlan ing Bêtawi F.J. Domela Nieuwenhuis, suwau sampun amakili nindakakên padamêlan wau.

Asiah.

Kraman ing Burmah.

Bombai, 19 Januari (Nauen-Radio). Ing Burmah tuwuh kraman malih. Pulisi sampun campuh kalihan kaum kraman. Miturut pawartos sêrat-sêrat kabar ing Singgapur sampun sumadhiya mêsin mabur pangêbom tiga badhe pangkat dhatêng Burmah.

Tiongkok.

Nanking, 18 Januari (Aneta-Reuter). Ing propinsi Sènsi kaambah ing pacêklik saha hawa asrêp, anuwuhakên pêpêjah pintên-pintên. Makatên mênggah katranganipun, amtênar ingkang kautus dening parentah nitipriksa kawontênanipun pacêklik ing laladan wau, sawangsulipun dhatêng Nanking. Ing pintên-pintên dhistrik têtiyangipun sami nêdha rumput saha têtuwuhan sanèsipun, kori-korining griya tuwin sapanunggilanipun sami kadamêl urub-urub, jalaran asrêpipun sangêt. Môngka botên wontên kajêng utawi sanèsipun kangge damêl latu. Kawontênanipun ing Sènsi kilèn mêmêlas sangêt.

Nanking, 20 Januari (Aneta-Reuter). Warga parentah ingkang sampun nitipriksa dhatêng Sènsi amartosakên bilih salêbêtipun môngsa ingkang kantun piyambak ing propinsi Sènsi wontên tiyang 400.000 ingkang kasade saha kadadosakên rencang tumbasan. Taun ingkang kapêngkêr sabên tiyang satunggal dening Yen Hsi Shan saha Feng Yu Hsiang dipun kengingakên paos 5 dholar. Angsal-angsalanipun wau kangge waragad anggenipun ngraman mêngsah parentah ingkang botên wontên kawusananipun. Salêbêtipun kalih taun punika ing laladan wau cacahipun tiyang ingkang tiwas jalaran saking kalirên saha botên angsal toya wontên 2 yuta. Samangke dhusun-dhusun ingkang suwau gêmah aripah maèwu-èwu sami suwung dipun tilar.

--- 112 ---

Wêwaosan

Sêrat Badhakacayana

21.

XI. Lumêbêtipun agami Buda wontên ing Selon.

[Pocung]

sêkar pucung candhaking carita ngayun / wau ta sang nata / ing Langka kang wus kawarni / Prabu Pandhu abaya sampun pêputra //

miyos jalu suwarnanira abagus / nging amung satunggal / tan wontên tunggile malih / sinung parab ing rama Sang Mutasiwah //

sru ingugung dinama-dama sang bagus / maring ibu rama / ginadhang-gadhang ing benjing / anggêntosi kaprabonirèng sudarma //

lumastantun sasuruding rama prabu / gantyani karajan / atêtêp wibawa mukti / sih sumuyut wong Langka mring nata mudha //

nging sang prabu sajroning jumênêng ratu / datanpa titikan / kang pantês winarnèng tulis / marma amung pinugut caritanira //

tan cinatur rêroncèning madêg ratu / Prabu Mutasiwah / apêputra kakung putri / kalih wêlas kêkalih ingkang wanodya //

kang sapuluh sadaya amiyos jalu / putra kang panênggak / anggantyani rama aji / yèku ingkang sêsilih Jêng Pangran Tisa //

Sang Aprabu Tisa duk jumênêngipun / dahat sinuyutan / mring wadyane sanagari / tuwa anom jrih asih trêsna sadaya //

kongsi antuk pêparaban amisuwur / Dewanampya Tisa / wit sang nata gung ngastuti / miwah karya sukaning kang para dewa //

kang winuwus salaminipun sang prabu / jumênêng narendra / kathah kaelokan prapti / barang kuna kang sami wujud sêsotya //

cêkakipun rajabrana kang wus dangu / kapêndhêm ing kisma / prasami katingal malih / kathah ingkang pinanggih dhatêng kawula //

nulya katur ing ngarsanipun sang prabu / karya rênaning tyas / sumarambah ing wadya lit / marma mangke samya mangajab wusana //

tuwuhipun sasmita kang anèh wau / de sagung ngalamat / ing sêmu wèh lakon bêcik / lan kabêgjan ingkang badhe kalaksanan //

tan cinatur rêrasan wahananipun / ngalamating praja / ing ngriki dipun sêlani / nyaritakkên kautamaning narendra //

kang satuhu Sang Aprabu Tisa wau / narendra ing Langka / ingkang rumuhun pribadi / amiwiti angrasuk agama Buda //

nging pinugut sinêlan caritanipun / Sang Prabu Asoka / ing Indhu puraning aji / gih punika ingkang bêkta gama Buda //

mlêbêtipun dhatêng ing Selon praja gung / ya ta kawarnaa / duk jênênge sri bupati / Prabu Tisa wontên ing nagari Langka //

tanah Indhu wontên narendra linuhung / kaloka ing jagad / akarana sri bupati / sawijining narendra dibya sumbaga //

ajêjuluk Prabu Asoka pinunjul / kathah para nata / ing tanah Indhu kajodhi / pinrêp ing prang satêmah samya kasoran //

tanpa kiwul marma samya atur-atur / sagung guru bakal / guru dadi warni-warni / mrih sukaning panggalihirèng narendra //

wusning rampung paprangan kang para ratu / suka manahira / têntrêm kadya wingi uni / nging Sang Prabu Asoka langkung sungkawa //

angalangut kagagas asru kaduwung / mring lakuning pêrang / dene wus karya pêpati / tanpa petang mungsuh kang lena ing rana //

yèn dinulu ing pundi-pundi asamun / kathah karisakan / kasangsaranirèng janmi / upamanya wontên biyung kaicalan //

anakipun tur ta sami jalu-jalu / jalaran sirnèng prang / ing sawênèh wontên malih / satunggiling rôndha kang tansah udrasa //

sênggruk-sênggruk nangisi ing lakinipun / kang pêjah jalaran / ugi saking dènnya jurit / wontên malih rarywalit kalangkung kathah //

ngangsur-angsur lênggèk-lênggèk mêlasayun / wus satêngah pêjah / wit biyunge datan bangkit / masung têdha satêmah dadya kapiran //

tan lyan amung saking dayaning prang pupuh / bapakipun pêjah / akarya ngêrêsing pikir / lawan malih sadaya pantun ing sawah //

samya rubuh rusak tan kalap saglugut / dadya kauningan / mring Prabu Asoka mangkin / yèn ing pundi-pundi samya kêkirangan //

gung dahuru kasangsaran tumpuk undhung / saparan katingal / kamlaratan lan pacêklik / pra kawula samya kêkurangan pangan //

saya trênyuh raosing panggalih prabu / myat risaking wadya / wit dhêdhasaring panggalih / paramarta bèrbudi bawa laksana //

dadya lamun kasusraning asmanipun / saking dènnya karya / rusaking kawula alit / datan rêna panggalihipun sang nata //

gya tinutup jalaran kumêdahipun / mrih kalokèng jana / kaluhuraning nrêpati / Sang Aprabu Asoka kongsi kalepyan //

yèn wadya gung / sawêg samya wayang-wuyung / nandhang kasangsaran / ngambah jamaning pacêklik / kèh kalirên uripe satêngah pêjah //

datan mundur budidayane sang prabu / nêdya karya suka / ambêbingah tyasing alit / lan ambudi mrih wangsuling karisakan //

ywa kabanjur nuli antuka pitulung / marma sri narendra / tansah mêmangun tyas êning / ngêtog budi mêmulih rêngkaning praja //

jroning kalbu wus ngartika sang aprabu / yèn traping sampeka / tan cukup mung dèn jalari / anglêlipur rêntênging manah kawula //

nanging kudu ngêgungkên iktiyaripun / kang tumanduk marang / tyasing wadya sanagari / mrih sadaya tan eling marang lêlakyan //

caranipun gyannya ngrêbat krajan wau / marmane sang nata / tan pêgat dera manggalih / kadiparan utamaning budidaya //

malihipun sang nata manggung wulangun / lamun kaèngêtan / dene sampun anglampahi / dora cara miala mring kadang tuwa //

kang jêjuluk Jêng Pangran Sumana yèku / kang darbe kuwasa / jumênênga narapati / dahat giyuh kepyan dènirarsa bengkas // Badhe kasambêtan.

--- 69 ---

Nomêr 17, Taun I.

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn kawêdalakên sabên Sabtu.

Katur dhumatêng Rama Sêbul

Nuwun, rama, sayêktosipun anggèn kula badhe matur dhumatêng rama punika sampun dangu, inggih punika, wiwit Taman Bocah mêdal sapindhah, ananging sarèhning kula punika namung murid pamulangan ôngka kalih, wah malih sawêg pangkat 4, dados ajrih, mangke gèk dipun wangsulakên, mangke gèk namung dipun gêgujêng, mangke gèk anu ... Têmbung mangke gèk anu punika andadosakên wurunging sêdya kula wau. Rumiyin kula sampun badhe matur rama Sêbul, sêrat sampun kula lêbêtakên ing amplop, dados kantun nèmplèki prangko lan anglêbêtakên ing bis kemawon, ananging gagasan mêngko gèk digêguyu wau mêdal malih, andadosakên ajrih kula, têrus kula dhatêng pawon, sêrat botên kula lêbêtakên ing bis, nanging mlêbêt ing ... anglo.

Sêdya kula badhe matur rama punika, lajêng kula takèkakên dhatêng kakang kula. Kakang criyos yèn rama Sêbul malah dhangan sangêt yèn wontên lare badhe pitakèn utawi nyaosi panjurung. Sakpunika kula lajêng nekad badhe nyuwun priksa dhatêng rama, punapa kaparêng, kula badhe tumut-tumut angaturakên panjurung ing sabên Sabtu ing Taman Bocah ngriki, ing bab lêlucon, batangan, lan sanès-sanèsipun. Malah-malah yèn kaparêng ing sabên karangan badhe kula caosi gambar-gambaripun. Punapa ing Taman Bocah ngriki kintên-kintên sagêd ngêwrat jurungan gambar-gambar. Yèn kaparêng, kadhang-kadhang inggih badhe kula caosi batangan kangge adhi-adhi kula sadaya ingkang awujud gambar thok, kados gambar tiyang angèn bèbèk ingkang kecalan bèbèk satunggal ing Kajawèn rumiyin.

Sampun, rama, dumugi samantên rumiyin.§ Kandhane kakangmu pancèn iya bênêr, aku ora ngêmungake bungah bae, nanging malah bungih, yèn ana bocah gêlêm awèh panjurung utawa gêlêm pitakon apa-apa, mung bae pitakone iya aja sing anèh-anèh, mêngko gèk ana sing pitakon: sop ayam karo sop kodhok aliyas swike kuwi enak êndi, utawa: babon karo êndhog kuwi nange dunya dhisik êndi, wah, hla, nèk ditakoni sing anèh-anèh kaya ngono kuwi, cara jêlumpête aku nrima jimbit. Wis, wis, mara wêtokna kêpenakanamu dongèng-dongènging sing lucu-lucu utawa liya-liyane, cikbèn kônca-kancamu padha sênêng atine, sukur bage kowe gêlêm ngojok-ojoki mitra-mitramu supaya matur wong tuwa-tuwane padhaa langganan Kajawèn, mendah kaya apa bungahku.¶Pakmu Sêbul.

Purba.

--- 70 ---

Lêlucon

Desa Bodhean

(Candhake Kajawèn nomêr 5)

Barêng Samsu wus olèh dêgan ijo nuli bali. Turut dalan atine sênêng jalaran isih gêli, kawêruhan ing desa: têka ana-ana bae. Samsu nuli mikir manèh: hah ... desa apa, ta, jênênge iku. Mau aku ngarani desa Budhêgan, sêbab uwonge padha budhêg, lah saiki ana wonge bodho, apike iya dijênêngake desa Bodhean. Wah, kok mathuk.

Barêng têkan ing ngomah dêgan nuli diwènèhake marang êmbokne. Barêng wus lèrèn ngombe wedang barang, nuli dolan mênyang ing omahe Darusman, yaiku mitrane Si Samsu wau. Darusman pinuju ana ing omah lagi anggarap garapan saka ing sêkolahan. Samsu nyêdhaki karo bisik-bisik: Rus ... Rus ... ayo dolan ...

Darus: ... Lah iki garapane isih sathekruk jare, sesuk aku rak disêtrap, nèk ora rampung.

Samsu: Wiyah, nèk aku iya êmoh: disêtrap, nèk disêtrup iya gêlêm.

Darus: Arêp dolanan apa, ta.

Samsu: Lah, sabêne kae dolanan apa. Apa bal-balan, apa gampar, apa jilumpêt, apa uri-uri, soyang-soyang, simil wong. Sêkarêpmu wis, aku nurut kowe bae, anggêr kowe gêlêm.

Darus: Wiyah, iku rak dolanan bayi. Nèk aku kok sênêng omong-omongan bae, ora kêsêl tur bisa sênêng. Apa cangkriman, apa dongeng-dongengan. Wis ... kana, diundangi kancane.

Samsu nuli mangkat ngundangi bocah-bocah. Barêng kira-kira antara jam wolu, rêmbulan wus katon, padhange ngudubilah, wis mèh kaya rina. Bocah-bocah wus padha ngumpul ana ing latare Darusman. Samsu uga ana ing kono. Barêng wus digêlari klasa nuli padha wiwit ngumpul jagongan. Samsu ngadêg nyat sarta banjur calathu: E, kancaku kabèh, ana Darusman, Ramêli, Jasman, Dasuki, Amat Dahuri, Kodri lan Yusnan ... kabèh bae, ya, ing sarèhning iki malêm dina apik, bêcike padha lek-lekan, karbèn olèh wahyu kang a ... pik kae. Minôngka cêgahing êlèk padha dongeng-dongengan [dongeng-...]

--- 71 ---

[...dongengan] bae utawa cangkriman. Urut saka siji. Saiki aku sing andhisiki. Yaiku arêp andongèng aliyas ngojahake lêlakonku kabèh, wiwit nini-nini nganti kaki-kaki.

Bocah-bocah nuli padha angguyu kêpingkêl-pingkêl, gêr.

Sêtop. Aja padha angguyu lan dirungokake sing tênan, aja ngantuk, lo.

Kodri: Su, andongènga Pakne Tengong bae, Su. Apik kae, aku sênêng, apa Si Jênthu.

Samsu: Ya, aku ngono nurut bae, anggêr kabèh padha mupakat.

Bocah-bocah padha saur manuk: Mupakat.

Samsu: Wis tak andongèngake Pakne Tengong bae.

Ana sawijine uwong, sênêng bangêt marang Gathutkaca. Saking dhêmêne dhèwèke nganti kêpêksa tuku wayang lulang, yaiku Gathutkaca, duwèke mas lurah ing desa kono. Ing sarèhning amung tuku siji, dadi larang rêgane. Nanging marga saka dhêmêne bangêt marang Si Gathutkaca iya dilakoni adol sapine siji, kanggo anggêntèni wayang mau.

Pakne Tengong bangêt bungahe dene kalêksanan duwe wayang mau. Sabên dina tansah diilang-ilingi lan dialêm-alêm, mungguhing kawantêrane Si Radèn Gathutkaca mau. Yèn turu Pakne Tengong ora pisah karo anake, yaiku Gathutkaca lulang mau. Dadi kêna diparibasakake kaya mimi karo mintuna. Nanging barêng saya suwe iya kêpêksa kudu pisah, jalaran Pakne Tengong nuli duwe bojo. Ing sarèhning Gathutkaca mau saikine ijèn, pakne Si Tengong wêlas, mulane nuli ditari: Ênggèr, ênggèr, anakku Si Gathutkaca: ing sarèhning sira saiki wus gêdhe, bakal arêp ingsun lêbokake ing intêrnat padhalangan, yaiku ing panggonane Mas Cêrma dhalang wetan kono, ing kono sira bakal kumpul karo kanca-kancanira akèh. Lan bakal diwulang, sêprèkên, yaiku gunêman. Utawa gimnastik, anjogèd, boksên lan sapanunggalane.

Ora liwat mung pamujiningsun bae, ênggèr, muga-muga sira bisaa dadi wong sing pêng-pêngan.

Wayang nuli digawa mênyang omahe dhalang Cêrma lan dipasrahake, supaya diopèni kang bêcik. Samôngsa-môngsa arêp ditiliki. Sawise nuli bali, lan ora lali isih ninggali dhuwit marang ki dhalang, calathune: Môngga kang, niki lo, arta sêringgit kangge anak kula pun Gathot. Ki dhalang bangêt bungahe.

Kacarita sabên-sabên Pakne Tengong tilik anake Si Gathot mêsthi anggawa olèh-olèh warna-warna, sarta ngabarake, kêpriye kaanane Si Gathot iku, luwih manèh manawa ki dhalang mêntas kanggo, wah iku pakne Si Tengong mêsthi banjur gupruk anggone nêrang-nêrangake. Manawa dicritani Si Gathot bisa mênangake bala Kurawa sapirang-pirang, pakne Si Tengong bungah bangêt, sarta nuli awèh bêbungah marang dhalang. Mêngkono iku kalakon nganti pirang-pirang sasi.

Wusana barêng Pakne Tengong tilik Si Gathot manèh, dicritani ki dhalang, manawa Gathotkaca kasoran pêrange karo buta rambut gêni. Dene

--- 72 ---

anggone crita mêngkono mau mung arêp nyatakake kêpriye kadadeane pakne Si Tengong, manawa anake dikalahake.

Sarèhning Pakne Tengong pancèn trêsna bangêt karo Si Gathot, mula barêng krungu critane ki dhalang kang kaya mangkono iku, banjur wiwit nêpsu, kupinge sumrêbêt, matane pêndirangan, nuli takon marang ki dhalang:

Arêp disambung. Dadiyana, Magêrsari.

Cangkriman kanggo Ngasah Budi

Ana bocah têlu padha lêlungguhan, sing siji aran Suwignya. Sijine Sabar lan sijine manèh Mulya.

Suwignya: Sarèhne sesuk iku dina Minggu, ayo padha sênêng-sênêng ngiras sinambi ngasah pikir. Aku duwe suwalan rada mêmêt sathithik, mara batangên.

Sabar lan Mulya mangsuli barêng: Iya, kêpriye.

Suwignya banjur lunga, baline anggawa roti karo mangkok. Roti mau sawise ditumpangake meja, banjur ditumpangi mangkok.

Suwignya: Cangkrimanku iki rada ora lumrah, nanging yèn kowe gêlêm mikir, iya masthi kêcandhak. Roti kang dak tutupi mangkok iki kêna kopangan, nanging aja kobukak tutupe.

Sabar: We, hla, anèh bangêt iki, mokal yèn wong bisa anjupuk roti kang ditutupi, tanpa nganggo ambukak tutupe.

Mulya: Ora, nya. Cangkriman kok rada nganèh-anèhi mangkono, aku kok ora mudhêng. Lan aku isih durung têrang cêlathumu mau, coba balènana manèh, tak titènane.

Suwignya: Iya, pancèn nyata. Anggêre kowe ora nitèni têmbungku, môngsa bisaa nglakoni, kowe. Rungokna ya, tak balènane: Mul. Kowe kêna mangan roti iki, nanging ora kêna kobukak tutupe.

Sabar lan Mulya tansah padha pandêng-pinandêng, sadhela mandêng mangkok kang kumurêb. Sadhela mandêng marang Si Suwignya. Nganti watara sajam, mêksa durung nêmu reka. Sabar banjur cêlathu: Êmbuh, êmbuh, Wig, aku wis judhêg. Wis trima aku, cik ora mangan roti, êlah. Mangkono ugi Si Mulya.

Suwignya: Mau mula aku rak wis tutur, ta. Cangkriman iki kanggo ngasah pikir, mula iya ora bakal enggal-enggal dak tuduhake, nanging malah tak wènèhi inah sadina sesuk kanggo mikir. Dene yèn wus tita, ora bisa kêtêmu, aku bakal nuduhake. Nanging: poma, lo, sesuk sore kowe sakarone kudu têka mrene, ora kêna yèn mung salah siji bae.

Sabar lan Mulya mangsuli: Iya. Bocah loro mau nuli padha mulih, lan tansah anggagas-gagas, kêpriye rekane ênggone arêp nglakoni cangkriman mau.

Coba, bocah-bocah, padha milua mikir. Nanging sing ngati-ati, kudu ngèlingi marang têmbunge Suwignya.

Kakangmu: Ra.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 8, 8 Pasa Taun Jimawal 1861, 28 Januari Taun 1931, VI

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [113] ---

Ôngka 8, 8 Pasa Taun Jimawal 1861, 28 Januari 1931, Taun VI

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Bêtawi Sèntrêm

Padhangpanjang

[Grafik]

Ing Nginggil punika gambar sêsawangan ing sacêlakipun kantor pos, kantor têlêpun, saha ing sisih kiwa piyambak kantor asistèn residhèn.

--- 114 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja, Ind. Arts ing Kudus

Galsteenziekte.

Sêsakit watunên ing kanthonganing rêmpêlu (galblaas).

Sadèrèngipun kula nêrangakên bab sêsakit punika kula sadaya kêdah nyumêrêpi rumiyin kawontênaning wêtêng têngên, nginggil jèjèr kalihan wadhuk, lan tumèmpèl iga ngajêng têngên, wontên jêroan, namanipun ati (lever), ing ngandhap lever sisih kiwa gandhèng kalihan ati wontên plêmbungan, manawi isi malêmbung, agêngipun sami kalihan jambu mede ingkang alit, inggih punika galblaas wau.

Ati wau ingkang saras ngêdalakên toya gal warni jêne sêpuh sêmu ijêm, gal ing lêbêt ati wontên pipanipun lêmbat-lêmbat anjog ing galblaas, galblaas wau warninipun saèmpêr kadosdene têlih ayam, manawi isi gal sagêd malêmbung, lan sagêd mimpês samôngsa kothong, gal wau mêdal saking galblaas nurut pipa anjog ing usus alus, ing ngriku gal sagêd andayani ajuring têtêdhan ingkang wontên ing usus wau. Cêkakipun galblaas punika panggenan kêmpalipun gal, cara Jawinipun ingkang dipun wastani: pêru, utawi rêmpêlu.

Jalaran sêbab-sêbab ingkang tiyang dèrèng sagêd nyumêrêpi, gal wontên ing lêbêt ati utawi ing galblaas sagêd dados kênthêl, lan sagêd dados watu (galsteen) utawi manawi lêmbat-lêmbat kadosdene pasir (galgruis) dene kathah kêdhikipun botên mêsthi.

Sêsakit punika asli saking turunan, jalaran ewahing jêroan ing lêbêt wêtêng. Adat ingkang nurunakên sêsakit punika, trêkadhang saking waris jalêr, utawi saking èstri, kajawi sakit watunên, asring gadhah sêsakit niersteenziekte, sêni manis, kêlêmon lan sapanunggilanipun.

Ing jaman rumiyin para dhoktêr gadhah pangintên utawi pamanggih bokmanawi jalaranipun sakit ing ati utawi ing galblaas ingkang andayani dhatêng gal lajêng sagêd dados kênthêl utawi dados watu wau. Pamanggih ingkang makatên punika kalintu, awit wujudipun mayit-mayit, ingkang suwau gadhah sêsakit watunên ing ati utawi ing galblaas, kabikak botên ewah utawi botên pinanggih wontên sêsakitipun ing ati utawi ing galblaas.

Tiyang bôngsa Eropah adat kathah ingkang kataman sêsakit punika tinimbang tiyang Asiah (Jêpan, Tionghwa, Indhonesiah) jalaran tiyang bôngsa Eropah kulina nêdha daging kathah, tiyang Asiah racak-racak kathah ingkang nêdha sêkul lan janganan, ingkang nêdha daging botên sapintêna. Ingkang kathah katrajang sêsakit punika tiyang èstri.

Ingkang kataman sêsakit punika manawi pinuju kumat, ing sisih têngên ulu ati utawi sisih têngên cakêt wadhuk, ing ngandhap iga kraos sakit, jalaran watu anggêpok ing lêbêt galblaas utawi [u...]

--- 115 ---

[...tawi] watu ing lêbêt pipa ingkang anjog ing usus alus, watu wau ingkang langkung agêng saya anggêpok utawi nyrèmpèt, kluwung pipa ngindhakakên kraos sakit, kraos sakit makatên wau limrahipun dadakan, botên katawis sadèrèngipun, botên ngêlu botên mumêt dhatêng sirah, botên ênêg, ujug-ujug lajêng kraos sakit nyogok-nyogok ing sisih têngên cakêt wadhuk, utawi ulu ati wau, jalaran saking nênêdha ingkang botên cocog ing wadhuk, nênêdha têtêdhan ingkang pêdhês, utawi sanèsipun, makatên ugi yèn badan kangge nyambutdamêl rêkaos, kenging sêsakit nular, sabukan utawi kêndhitan ingkang kêkêncêngên, sêsakit watu sagêd kumat.

Limrahipun sêsakit wau sagêd kumat 4 a 5 jam, sabibaripun nêdha ingkang kêladuk kathahipun, botên mawang punapa ingkang katêdha wau, trêkadhang botên wontên sabab ingkang anjalari kumatipun sêsakit wau, ujug-ujug kraos sakit nyogok-nyogok, ingkang sangêt punika ing ati, utawi ing wadhuk kraos sakit nyogok dumugi ing gêgêr, pundhak, lan bau têngên, ing wêtêng, lan trêkadhang ing dhadha (hartstreek).

Manawi kumat, ingkang sakit nuntak-nuntak, badanipun bêntèr andhrodhog, sêsêg ing dhadha, cêgukên, sêni kirang utawi mampêt, sok sêmaput, trêkadhang nuntak, botên kèndêl-kèndêl, ewasamantên kraosipun sakit nyogok botên sagêd ènthèng, panggêng kemawon. Manawi kapriksa dipun grayang ing panggenan ing ulu ati sisih têngên ing ngandhap iga, ingkang sakit kraos sakit, langkung malih manawi galblaas isi kathah watunipun, utawi galblaas sampun dados atos, punika kagrayang katawis mrongkol atos.

Trêkadhang sasampunipun mêndha utawi kèndêl nyogok-nyogokipun, ingkang sakit katingal jêne (geelzucht), ingkang makatên punika jalaran saking galblaas kathah isinipun watu lajêng ngalang-alangi wêdalipun gal dhatêng usus, utawi samôngsa pipa galblaas ingkang anjog ing usus kabunton ing watu, ananging ingkang asring makatên wau botên mêsthi, jalaran saking wontênipun watu ing galblaas kemawon, awit ing usus alus utawi ing wadhuk, ingkang ngêdalakên umbêl (slijm) inggih sagêd nukulakên warni kados sêsakit kuning punika, jalaran bolongan pipa galblaas ingkang anjog dhatêng usus kabunton umbêl wau ngantos gal botên sagêd mêdal.

Sêsakit watunên ing galblaas punika adat watunipun kèndêl wontên ing galblaas ngriku, trêkadhang watu wau pinanggih ing sêsukêripun ingkang sakit.

Manawi galblaas kabunton botên sagêd ngêdalakên gal, tiyang ingkang sakit kuning wau sêsukêripun katingal pêthak, dene yèn watu sampun sagêd mêdal utawi katut dening sêsukêr, sêsukêripun katingal kuning, awit gal wau dayanipun sagêd damêl kuning dhatêng warninipun sêsukêr.

Manawi watu wau agêngipun sakêmiri utawi langkung, sagêdipun mêdal anjog ing usus kêdah ambêdhah utawi ambutulakên galblaas lan usus [usu...]

--- 116 ---

[...s] alus, tandhanipun lajêng ngêdalakên êrah, trêkadhang watu ingkang alit, sagêd katut utahipun ingkang sakit, punika jalaranipun watu ingkang sampun anjog wontên ing usus, lajêng lumêbêt ing wadhuk, dados samôngsa ingkang sakit nuntak-nuntak, watu sagêd katut mêdal sarêng utah-utahan.

Sêsakit watunên ing galblaas awis ingkang niwasi, nanging sêsakit punika kumatipun sagêd rambah-rambah lan kraosipun sakit nyogok-nyogok sangêt, langkung malih tinimbang blinderdarmontsteking, niersteenziekte, sagêd sabên wulan kumat, trêkadhang sabên taun. Badhe kasambêtan.

Jagading Wanita

Griya Pamondhokan Lare-lare Èstri Bôngsa Tionghwa

Kala dintên Ngahat tanggal 17 Januari ingkang kapêngkêr, ing Batawi sampun dipun wontênakên pambikakan griya pamondhokan tumrap lare-lare èstri bôngsa Tionghwa, manggèn ing Sêtrèswèksêtrat (Salembah). Tamu golongan bôngsa Tionghwa ingkang dhatêng kathah. Ingkang mêdhar sabda inggih punika Nonah Thung, Nonah Tan saha Dr. Kwa. Griya pamondhokan wau sampun dipun adêgakên kanthi pitulunganipun têtiyang Tionghwa. Ing salebêtipun sawatawis wulan kemawon sampun sagêd ngalêmpakakên arta 3000 rupiyah, mila griya pamondhokan wau inggih lajêng tumuntên sagêd ngadêg. Arta bayaran katêtêpakên botên kirang saking 50 rupiyah saha botên langkung saking 80 rupiyah ing dalêm sawulan. Samangke wontên panggenan kangge lare gangsal wêlas. Kangge sawatawis môngsa ingkang kaangkat dados dhirèktrisê Nonah Thung.

[Grafik]

Griya pamondhokan P.P.I.I.

Awit saking ada-adanipun P.P.I.I. kala malêm [ma...]

--- 117 ---

[...lêm] Sênèn tanggal 18 Januari ingkang kapêngkêr, ing gang têngahing Bêtawi sampun dipun adêgakên griya pamondhokan tumrap lare-lare èstri bôngsa pribumi. Nyonyah Harjana, pangarsanipun komite ngadêgakên griya pamondhokan wau, anêrangakên bilih ancasipun griya pamondhokan kasêbut nginggil botên namung kangge pondhokan kemawon, nanging ugi kangge papan panggulawênthah. Lare-lare èstri ingkang sami mondhok ing ngriku badhe dipun gêgulang dhatêng kabaresan, punapadene badhe dipun prêdi supados ing benjing sagêd anglajêngakên padamêlanipun P.P.I.I. ingkang minôngka ibunipun tanah Indhonesiah.

Satêlasing sorahipun Nyonyah Harjana, kirang langkung wontên utusan gangsal wêlas sami suka wilujêng dhatêng adêgipun griya pamondhokan wau saha wontên ingkang andamêl wawasan bab griya pamondhokan tuwin panggulawênthah lare èstri.

Salêbêtipun wêkdal kangge ngaso, para tamu sami kaaturan mriksani kawontênanipun ing griya pamondhokan wau. Jam sanga, sasampunipun pangarsa ngaturakên panuwunipun dhatêng para ingkang sami rawuh, lajêng bibaran.

Pakêmpalan Kasusastran Jawi

Awit saking ada-adanipun priyantun Jawi sawatawis kala dintên Ngahad tanggal kaping 25 Januari punika ing gêdhong Kats-Instituut ing Tanah Abang Wès Bêtawi, sampun dipun wontênakên parêpatan, wosipun anuju dhatêng adêgipun pakêmpalan kasusastran Jawi. Ingkang dhatêng wontên priyantun gangsal wêlasan. Parêpatan dipun tapukakên dening Tuwan Dwijawiyata, angandharakên bilih kawruh basa punika saya dangu saya jêmbar têbanipun, botên têlas-têlas, mila prêlu dipun wontênakên pakêmpalan minôngka papan pamrêsudi kasusastran Jawi. Lajêng sinambêtan sêsorahipun Tuwan Suharda, angandharakên sawatawis bab kasusastran Jawi Kina saha munduripun kasusastran Jawi sabakdanipun Rônggawarsitan. Dumuginipun sapunika dèrèng wontên kumisi utawi bêbadan ingkang amrêsudi basa Jawi. Inggih lêrês rumiyin sampun wontên bêbadan Mardibasa, nanging botên antawis lami lajêng pêjah. Mila wontênipun samangke taksih kathah sangêt ingkang prêlu dipun dandosi. Mênggah ingkang dados rancanganipun pakêmpalan wau inggih punika:

1. Amawas buku-buku (boekbespreking).

2. Ngrêsikakên basa, ngiras pantês, nglêmpakakên prabot-prabot paramasastra sapanunggilanipun.

3. Nyinau dhialèk-dhialèk.

Prakawis ingkang ôngka satunggal, prakawis amawas buku-buku sampun anuwuhakên rêmbag rame. Tuwan Purbacaraka kêncêng dhatêng bab wau, jalaran dumugi sapunika dèrèng wontên cara makatên wau tumrap buku-buku Jawi, botên kados buku-buku Walandi, ingkang kathah sampun sami dipun wawas. Tuwan [Tu...]

--- 118 ---

[...wan] Sastrawijana ragi botên mathuk dhatêng bab wau, awit kamanah gawat, langkung sae prakawis ngrêsikakên basa kemawon dipun udi rumiyin.

Wasana sarampungipun rêmbag-rêmbag pakêmpalan lajêng katêtêpakên angadêg-ingkang kapilih minôngka pangrèh inggih punika: pangarsa, Tuwan Dwijawiyata, panitra Tuwan Suharda, panitya, Tuwan Andagawedyakaryasa. Tuwan Purbacaraka kaangkat dados juru pamrayogi.

Pakêmpalan wau rancanganipun sabên wulan badhe ngawontênakên pêpanggihan, dene ingkang tumuntên badhe karêmbag inggih punika bab nunggilakên têtêmbungan, ngrêsikakên basa sapanunggilanipun.

Nitik rancanganipun, pakêmpalan wau pancèn agêng jangkanipun, awit wontênipun basa Jawi ing wêkdal samangke upamia olah-olahan makatên, matêng botên, mêntah inggih botên. Risaking basa saèstunipun sagêd dados lantaran risaking bôngsa. Botên langkung mugi pakêmpalan wau sagêda widada, sagêda walagang kados jabang bayi ingkang siniram ing toya gege, sagêda tumuntên angraosakên wohing padamêlanipun, namung kemawon sampun lajêng kataman sêsakit kêmba, jêr wontênipun agêng punika saking alit, wontênipun inggil saking andhap.

Ja.

[Grafik]

Ing sisih punika gambar gêdhong pakêmpalan Himpoenan Soedara, pakêmpalan wau salah satunggiling pakêmpalanipun tiyang pribumi ingkang sampun dangu saha agêng bandhanipun. Dumuginipun sapunika umuripun kintên-kintên sampun wontên 17 taun, pakêmpalan wau sakawit dipun adêgakên dening para sudagar bôngsa pribumi sawatawis ing Pasarbaru, Bandhung. Saya lami pakêmpalan wau saya agêng, warganipun saya kathah, botên namung sudagar kemawon, nanging tiyang tani ugi kathah ingkang sami lumêbêt dados warga. Samangke pakêmpalan wau sampun sagêd mitulungi para warganipun ingkang bêtah pawitan kangge among dagang tuwin olah têtanèn.

--- 119 ---

Kamajêngan

Kamajêngan Gandhèngipun kalihan Kagunan Jawi

Wiwit ngancik ing jaman ingkang winastan jaman kamajêngan, dumugi sapriki lampahing kagunan kita pribumi ingkang asli kawruh kita piyambak, kaetang botên sagêd majêng sêsêngkutan kapara malah namung tansah mundur (suda-suda), wontên ugi ingkang kêlajêng ical babarpisan botên kalampah malih, inggih jalaran pandhêsêking jaman majêng wau punika, dumugi samangke lampahing kamajêngan saya tambah pêsat sangêt.

Ingkang winastan kamajêngan punika, katranganipun sadaya gagra(ada-ada)g ingkang modhèl enggal, dados dede majêng utawi sêngkutipun kagunan kita pribumi: punika dede. Wondene gagrag-gagrag enggal wau ingkang têmtu mulabukanipun sakawit saking bôngsa mônca, kita namung kantun ngawaki ngangge utawi manggih, botên sagêd adamêl gagrag utawi ada enggal piyambak, nanging sarêng ngawontênakên ada piyambak malah adamêl icalipun kagunan kita ingkang kalampah sampun wiwit kina-makina, mangke badhe kacariyos ngandhap.

Ingkang dipun wastani lampahing kamajêngan pêsat sangêt, punika dening sadaya gagra(modhèl)g malih, bêbasan namung sagêbyaring calèrèt (caleretan), sapunika nyariyosakên satunggaling gagrag kita pribumi ingkang malah sagêd damêl munduring kagunan kita, sawêg saprakawis kemawon bab sandhang panganggèn, kalihan cêkak kados ing ngandhap punika:

Ing jaman wingi-wingi rikalanipun dèrèng jaman kamajêngan, bôngsa kita pribumi kenging kagêrba, jalêra èstria, tiyang sêpuh punapadene lare sampun diwasa, sandhang panganggenipun padintênan punapa ingkang pameran pisan, nêmtokakên asli kagunan Jawi, inggih punika sinjang lurik warni-warni, tumrap panganggèn jalêr kados ta: rasukan, sabuk, trêkadhang bêbêd utawi sarung ugi wontên ingkang ngangge lurik, panganggèn èstri malah sapangadêg pisan kêlimrah lurik-lurikan, tapih, kêmbên, rasukan dalah salendhangipun, ing kitha-kitha, ing padhusunan kalêbêt para luhur, para priyantun agêng kakung putri, ugi sami botên tilar panganggèn bangsaning sinjang lurik. Amila cacahipun kagunan nênun sinjang lurik jaman samantên ing tanah Jawi ngriki botên narimah namung atusan kemawon, malah ewon gunggung kêmpalipun, ingkang misuwur piyambak sae sarta awèting panganggenipun, lurik wêdalan ing Banyumas.

Wasana sarêng ngancik ing jaman kamajêngan punika, cacahipun bôngsa kita pribumi ingkang taksih purun mangangge sandhangan sinjang bôngsa lurik damêlan Jawi, kadugi namung kantun saparasakawan utawi: 25 prêsènipun saking cacah jiwaning têtiyang siti ingkang mayuta-yuta gunggung kêmpalipun. Makatên malih cacahing tiyang ingkang nindakakên kagunan nênun lurik, inggih ugi lajêng namung kantun sakêdhik sangêt, amargi cacah jiwaning bôngsa kita Jawi, jalêr èstri kalêbêt lare, sapunika kintên-kintên wontên tigang prasakawanan [prasaka...]

--- 120 ---

[...wanan] utawi: 75 prêsènipun saking cacah jiwaning têtiyang siti ingkang sampun botên purun mangangge sandhangan bangsaning sinjang lurik, lajêng sami malik mangangge sinjang bathik, sutra, tuwin bôngsa cita-cita sapanunggilanipun ingkang wêdalan utawi kagunan mônca, dede kagunan kajawèn.

Sarèhning sandhangan ingkang bôngsa sinjang sampun malik gagrag dados bathik, bêbêd, tapih, kêmbên, salendhang sapanunggilanipun, mêsthinipun kagunan kita pribumi bab bathik lajêng sagêd majêng, botên, malah kenging dipun wastani saya ngrêkaos tumindakin,tumindakipun. dening sapisan: cacah jiwaning bôngsa warni-warni ing tanah Jawi tansah saya wêwah-wêwah kathahipun, dados wontênipun kagunan bathik lajêng suk-sukan sangêt, botên wande bôngsa kita têtiyang siti ngriki piyambak ingkang dhawah wingking. Kaping kalihipun: jaman wingi-wingi punika pirantosipun kagunan bathik punika wontên pintên-pintên bab ingkang damêlan utawi wêdalan ngriki piyambak, wêdalan saking mônca namung mori kalihan malamipun kemawon. Wangsul sapunika, kita namung kantun kabagian angwontênakên tambahan bumbu soga thok awarni toya tawa, apu kalihan jêram pêcêl, pirantos tuwin bumbu sapêpakipun sampun rampung saking mônca sadaya, dalah bumbu-bumbu damêl sinjang sêkaran, gadhung, kêthèl, sindur sapanunggilanipun ingkang rumiyin-rumiyinipun ugi mligi damêlan Jawi, sapunika inggih sampun dipun wontênakên saking mônca sadaya, ingkang limrahipun karan soga près sarta wèntêr. Sumôngga, ta: anggèn kita badhe ngajêngakên kemawon kadospundi, tumrap kagunan Jawi prakawis bathik kita rumaos sampun wêgah nututi majêngipun, langkung-langkung prakawis jinising cita-cita badhe rasukan sasaminipun saya nyamut-nyamut tangèh sampun sagêda nututi. Beda kalihan kagunan kita ingkang asli, ing bab prakawis bangsaning sinjang lurik, dringin, cindhe sasaminipun, ing raos taksih kaconggah ngajêngakên ingkang sagêd salaras kalihan galagading jaman majêng, yèn ta taksiha lêstantun kalimrah kangge sadhengah tiyang bôngsa pribumi kados wingi-wingi.

Kajawi ingkang kasêbut ngingil, sayêktosipun taksih wontên malih pintên-pintên prakawis kamajêngan-kamajêngan kita ingkang anjalari kamunduranipun kagunan pribumi, nanging dèrèng prêlu kaandharakên ing ngriki mindhak ngêbaki papan, sanès dintên bokbilih wontên prêlunipun karêmbag malih supados botên ambosêni para maos.

Kawuningana, andharan kasêbut nginggil wau kula botên badhe mêmaoni utawi nyênyeda gagraging kamajêngan kita pribumi, botên pisan-pisan ananging lugu namung ngandharakên kawontênan kanyataanipun makatên. Wusana lêpat kula nyuwun gunging pangaksama para maos.

P.K. 585.

--- 121 ---

Kawruh Sawatawis

Pantun

Kula, tiyang Jawi, manawi sumêrêp pantun, langkung-langkung ingkang taksih ngadêg wontên ing sabin, ingkang sawêg surat-surat jêne, raosipun: ayêm. Bokmanawi kabêkta wiwit saking guwagarbaning biyung dumugi ngajêngakên kukut tansah ambêtahakên sarining pantun. Kula sampun nate mirêng ginêmipun tiyang makatên: ing sawijining dina wayah sore nalika pikiranku pêtêng, aku mlaku-mlaku murih ilanging pêpêtêng. Barêng lakuku têkan ing sawah kang tandure lagi gumundha lêmara, tur ora kaparag ing ama, nyês atiku, pêpêtêngku sumingkir. Aku mandhêg, wêktu iku angin midit mônda-mônda, masesa tandur, godhonging tandur obah senggol-sinenggol, kaya-kaya bocah-bocah lagi srêk padha dolanan, anggêguyu pating cêkikik ora anggape ana wong têka, sing wis ngadêg nganti suwe. Kala-kala tiyang sagêd makatên, upami tanêm sawêg wiwit malêcuti, manawi anggènipun ningali dipun êmatakên, kados-kados wontên swara makatên: mara dêlêngên, iya iki cucuking ajurit minôngka cêcala, kônca-kônca wis padha siyaga, mung kari ngêntèni môngsa kang sêla. Manawi anggènipun ningali saya dipun êmatakên malih pangraos wontên swara nguwuh-uwuh makatên: hèh kônca-kônca, mula nyata, paningal bisa bawera, sorot baskara mawèh kêngkênging angga, aja kakehan pangrasa, enggal padha mêtua, mumpung tan ana parangmuka, ambarêngana lan wimbaning sasôngka, iku luwih utama. Manawi sampun mratak katêmpuh ing samirana ing sêmu pating craèk sami nyuwara: ayo kônca-kônca enggal cekat-cèkêt padha tumungkul, sapa sing kurang cukat, aja takon dosa, masthi ana pôncabaya têka, kêbanjur wurung sumurup marang ibu pratiwi, kapêksa mung tumênga ing ngakasa. Kosokwangsulipun, tiyang pêtêng nalaripun saya karônta-rônta ing manah manawi mrangguli tanêm ingkang kaparag ing ama, èsthanipun sami lamat-lamat sêsambat mêlas-arsa: dhuh Gusti ingkang Maha Kawasa, mugi paringa pangaksama, tangèh amba sagêd akarya sukaning para janma, dêstun anjalari duhkita, jêr amba tansah tinênggan ing bêbaya. O, manungsa, iya puluh-puluh, kapêksa padha rawat êluh, ora ana ingkang luwih mungguh, muga-muga panjênêngan sagêda tuwajuh.

Manawi pantun sampun sêpuh akêlu, sabên wontên tiyang dhatêng sajak sami grunêngan makatên: êh, kêbangêtên manungsa, aku rak ora mikir, apa ilok, aku rak iya wis mêlok, yèn wis kêluk keklok, suprandene ora tau dilongok. Aku kasêlak ora krasan, kasêlak ora kuwawa nandhang, sarta wis ora wêntala ngrungokake pasambate gulu, kang wis cêngêng ora kuwat nyôngga aku, nganti wis pêpês, godhong wis padha garing ngalinthing wis suthik nyadhiyakake pangan, kang aku iya wis ora ambutuhake. Kang dak èsthi-èsthi rinawêngi enggala kumpul nunggal lan kancaku uyêl-uyêlan, sabanjure aku bakal malês kabêcikane manungsa. Balik [Bali...]

--- 122 ---

[...k] aku ora enggal-enggal diêpèk, sangsaya bangêt ing nalangsaku, ora wurung aku bakal gogrog, bêgja-bêgjaku mung cinocor ing bèbèk. Dhuh manungsa, tolèhên aku. Pantun ingkang kêlu-kêlu punika racakipun gadhahanipun tiyang sugih, utawi ing papan ingkang sakêdhik jiwanipun, ngantos baunipun botên nyahaknyandhak. angênèni.

[Grafik]

Sêsawangan tanêman pantun ing tanah Bogor.

Wiwit tanêm dumugi pantun wêwulenan utawi gabah, katingal sangêt dipun êla-êla ing manungsa, beda kalihan sasampunipun dados sêkul. Tandhanipun: wunu saha gabah ingkang kècèr, nadyan botên ambalasah masthi dipun êjumi anjalimêt. Batosipun: ah, eman-eman bangêt iki rak iya perangane sing akèh kae. Namung ingkang nalangsakakên, sarêng sampun dados arta, anggènipun nanjakakên asring botên ngèngêti nalika thina-thini wontên ing pasabinan, saupami tiyang nanjakakên kaskaya sairib kados juru tani angêjumi wunu, amasthi mikantuki ing gêsangipun.

A. Kartaatmaja.

--- 123 ---

Pawartos Wigatos

Jiyarah Minggah Khaji

Sambêtipun Kajawèn nomêr 5.

Kapal Sembilan ingkang kula tumpaki, lampahipun têrus siyang dalu, kombak-kombul kambang-kambang 13 dintên, tanpa kèndêl, saking Padhang ngênêr ngilèn lajêng ngalèr, menggok lumêbêt ing laoetan merah, ing dintên Slasa Manis, tanggal 9-12-'30. Kapal Sembilan kèndêl ing karantina Kamran. Nanging kalêrêsan kapal Sembilan ingkang kula tumpaki punika, ing Kamran namung kèndêl ± 3 jam, sadaya ingkang sami numpak botên mêdhak, ananging tuwan dhoktêr ing Kamran ingkang minggah ing kapal Sembilan sarêng-sarêng verpleger tuwin pangagêng Kamran, prêlu mriksa brêsihing panggenan jamangah lan palkah-palkah tuwin dhèg-dhèg, sasampuning cêkap pamriksanipun, tuwan dhoktêr enggal sami mêdhak, botên dangu kapal Sembilan têrus lumampah malih, nanging lajêng karindhikakên, awit Laoetan Merah toyanipun cêthèk, dados lampahipun ngatos-atos sangêt. Kula lan sadaya para kônca manahipun sami katingal bêgèr-bêgèr lan saras, malêmipun Kêmis Pon, sadalu muput sami ribut tingkês-tingkês, lan nata-nata badhe sami turun ing Jedah, sadaya jamangah sami dipun su-

[Grafik]

Untabing têtiyang jamangah kaji nalika mêdhak ing palabuhan Judah.Jedah.

--- 124 ---

kani kartu pos nyatunggal, prêlu kangge ngintuni kabar wilujêng dumugi Jedah dhatêng ingkang sami kantun, sasampuning kartu pos kasêrat, katêdha wangsul malih dening kapal, lan kapal ingkang badhe ngintunakên akanthi ambayar wragad prangkonipun.

[Grafik]

Gambar kantor konsul katingal saking ngajêngan.

Ing dintênipun Kêmis Pon, 11/12-'30 jam 8 enjing, dumugi ing pêlabuhan Jedah, nanging kuciwa baita agêng botên sagêd mèpèt ing dharatan, saking cêthèkipun, dados kapal Sembilan kèndêlipun taksih têbih. Sarêng kapal ngungêlakên pluit têngara, botên dangu tuwan Agent ing Jedah tuwin priyantun pulisi, minggah ing kapal, pêpanggihan lan suka wilujêng dhatêngipun kapal Sembilan ing Jedah, botên dangu kathah prau sampun mawi layar pêthak, inggih punika sampan kengkenan mêthuk dhatêng kula sakônca sadaya, supados kula sabarangipun numpak ing sampan wau. Sarêng sampan sampun mèpèt ing kapal, kula sakônca enggal cancut angudhunakên barang mawi tambang. Kados kerekan, ingkang nata lan ingkang nampèni tiyang-tiyang Baduwi kulining sampan, sarêng anggèn kula ngudhunakên barang-barang cangkingan sampun rampung, kula sakônca enggal sami mudhun saking kapal lan numpak sampan tumumpang sanginggiling barang-barang, sampan satunggal ingkang kula tumpaki wau sagêd momot 50 tiyang sabarangipun, pangraos kula Jedah wontên ing sawetaning kapal Sembilan dados sampan ingkang kula tumpaki kêdah mlampah mangetan, lampahipun elur urut-urutan, marginipun nêkak-nêkuk, dhasaripun karang, lampahipun sampan rindhik sangêt. Sarêng sampun lumampah ± 2 jam, sawêg sagêd mêntas ing dharatan, têrus lumêbêt ing gudhang agêng, sadaya barang kaêdhakakên ing gudhang bikakan ingkang sisih lèr.

Malêbêtipun kula sakônca jamangah saking kori butulan ingkang dipun jagi dening Havenmeester lan para sèh khaji Jedah saha Mêkah, sadaya sèh lênggahipun ajêng-ajêngan urut mawi kursi atharik-tharik, ingkang dipun adhêp, longkangan margi malêbêtipun jamangah-jamangah dhatêng gudhang agêng. Wêkdal tiyang kaji ngancik kori, satunggal-satunggaling tiyang dipun takèni, asalipun saking nagari pundi, lan badhenipun ing Mêkah mondhok dhatêng sèh sintên, kula piyambak sakônca ngangkên asal saking nagari Banyumas, badhenipun ing Mêkah mondhok dhatêng Sèh Mohammad Mohtar, têrus kula sakônca katampi dening Sèh Oemar Mohtar inggih punika

--- 125 ---

adhinipun Sèh Mohamad Mohtar sarêng-sarêng kairid ing gudhang barang-barang supados sami milih barangipun piyambak-piyambak, kas-kas, kranjang-kranjang lan kopêr-kopêr supados dipun bikaki, awit badhe dipun kumisi dening priyantun Haven ing Jedah. Sèh ingkang badhe kula pondhoki sampun sêdhiya kuli-kuli lan ugi sampun nyawisakên grobag, mawi katarik ing bihal, kangge ambêkta barang-barang kula sadaya. Sasampunipun, isi kas-kas, lan kopêr kapriksa sadaya, sadaya barang lajêng katampèkakên dhatêng kula piyambak-piyambak, têrus kaêmotakên ing grobag, kabêkta dhatêng griya pondhokan ing Jedah, kula sakônca sami tumut, ngiras angiringna grobag barang. Ing griya pondhokan sampun kêpêthuk ing Sèh Jedah nama Sech Chasan Djohdar manggèn ing griya agêng sungsun 5 cakêt akalihan langgar wakapan. Kopêr sandhangan lan patilêman kabêkta minggah ing kamaripun piyambak-piyambak, kas-kas, karung-karung lan sanès-sanèsipun sami katumpuk ing plataran margi sangandhaping griya.

[Grafik]

Tumpakan sêkêdhup ing Jedah.

Pondhokan ing Jedah namung dipun sêdhiyani lampu lan gêlaran, toya tumbas, têdha ocal piyambak. Enjingipun ± jam 8 kula sowan ing kantor Consul Nederland, prêlu nèkênakên pas saha tikèt, kula ugi mrêlokakên manggihi tuwan Secretaris Consul prêlu nêpangakên, lan wontên kaprêluanipun ingkang botên prêlu kula aturakên ing ngriki. Sasampunipun rampung kula wangsul ing griya pondhokan, wusana kula tampi prentah saking Sèh Jedah sarêng-sarêng Sèh Mêkah, nêrangakên dhawuh saking nagari Mêkah, bilih sadaya tiyang kaji wêkdal sapunika, saking Jedah dhatêng Mêkah ugi têrusipun dhatêng Madinah, wongsal-wangsul kêdah numpak motor utawi bis, botên kalihan numpak sêkêdhup. Bayaranipun langkung awis tinimbang sêkêdhup, mila sadaya lajêng sami bingung, saking mindhaking wragad tumpakan, inggih amargi saking cumpèning sangunipun, lajêng warni-warni kajêngipun, wontên ingkang sagah namung dumugi Mêkah kemawon, wontên ingkang sami nêdha kintunan malih sangu arta saking griya. Wontên ingkang nekad tirakat badhe nyêkapakên sangu têdha saking griya, sawontênipun arta kangge mêwahi wragad bis, waton sagêd jiyarah dhatêng Madinah. Enjingipun watawis jam 8 enjing, barang-barang lan kopêr tuwin karung lan sanèsipun kaêmot ing unta pintên-pintên, kabêkta dhatêng Mêkah, botên dangu kathah bis-bis kothong dhatêng kangge tumpakan kula sakônca. Badhe kasambêt.

Radèn Haji Muhammad Muhtar, lid rêgènsêkap rad Banyumas.

--- 126 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah

Lindhu ing Jawi Têngah.

Lindhu ing Jawi Têngah sampun adamêl karisakan saha kasangsaran pintên-pintên. Miturut pawartos Aneta saking Bumiayu, griya ingkang ambruk wontên atusan. Ingkang nêmahi karisakan sangêt inggih punika ing Pruwatan, Bumiayu saha Pangabatan. Kapitunan kataksir satus èwu rupiyah. Tiyang maèwu-èwu sami kecalan balegriya.

Miturut katranganipun Gupêrnur Jawi Têngah, cacahipun tiyang ingkang tatu wontên 85, ingkang 42 sampun dipun kintunakên dhatêng griya sakit ing Slawi saha Têgal. Cacahipun tiyang ingkang tiwas wontên 22. Ing pêkên ing Pangabatan sampun dipun adêgakên papan pangungsèn kangge tiyang wolung atus. Têtiyang wau sami kacadhong dening pangrèh praja. Angrintênakên tanggal 21 wulan punika ing Bumiayu kraos lindhu malih kaping tiga, nanging botên adamêl karisakan.

Budi Utama pang Salatiga.

Budi Utama pang Salatiga wêkdal ingkang kantun piyambak punika katingal majêng, mèh sabên malêm Minggu ngawontênakên parêpatan umum, dipun wontênakên sêsorah bab kasaran, ekonomi, paprentahan sapanunggilanipun. Ingkang dhatêng ing parêpatan wau botên namung para priyantun kemawon, nanging ugi têtiyang kampung. Dèrèng dangu pakêmpalan wau sampun ngawontênakên parêpatan warga, angrêmbag usul-usul ingkang badhe kaajêngakên ing konggrès Budi Utama benjing wulan April wontên ing Batawi. Salah satunggilipun usul wau inggih punika gêgayutan kalihan raosing ka-Indhonesiah lan salajêngipun Budi Utama badhe kasrambahakên ing saindênging tanah Indhonesiah. Dados ingkang kenging dados warga botên namung tiyang siti ingkang manggèn ing tanah Jawi, Madura, Bali saha Lombok, punapadene têtiyang Jawi ingkang manggèn ing tanah sabrang kemawon.

Bêna ing Sêmarang Lèr.

Saking Sêmarang Aneta martosakên bilih awit saking katrajang bêna agêng margi-margi antawisipun Sêmarang saha Surabaya ing Dêmak saha ing Purwadadi sami risak. Sêpur saha oto kêdah mubêng mêdal Surakarta. Margi ing Gênuk kadugi larut.

Pambêsmèn Mayit ing Bali.

Benjing dintên Sênèn 23 Pèbruari ngajêng punika ing dhusun Abiyantimbul 5 kilomètêr saking kitha Dhènpasar, badhe dipun wontênakên pambêsmèn mayit. Mayit ingkang badhe dipun bêsmi cacahipun wontên 50, sami kalêbêt golongan inggil.

Odhièsi.

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral benjing dintên Rêbo tanggal 4 Pèbruari punika wanci jam 9 enjing kaparêng badhe lênggah odhiènsi wontên ing Wèltêprèdhên ing pura Koningsplein. Sintên ingkang badhe gadhah unjuk, sadèrèngipun tanggal 30 Januari kêdah sampun ngaturakên sêrat panyuwun dhatêng ajudan dalêm, mawi katrangan nama sapanunggilanipun miwah wigatosing bab ingkang badhe kaunjukakên.

Pangasilan Nagari.

Salêbêtipun wulan Januari dumugi wulan Nopèmbêr taun 1930 pangasilanipun nagari wontên 564.055.363 rupiyah, katimbang kalihan pangasilanipun salêbêtipun môngsa wau taun 1929 suda 72½ yuta rupiyah. Sudanipun samantên wau kabêkta saking sudaning pangasilanipun arta paos 28.4 yuta, monopoli 6.3 yuta, barang piwêdal 23 yuta, panggaotan 11.8 yuta saha pangasilan sanèsipun 3 yuta.

Pakêmpalan kaum madya Tionghwa.

Djawa Tengah tampi pawartos saking Ngayogya bilih ing ngrika kanthi tuntunanipun Tuwan Tan Gien Tjoan sampun dipun adêgakên pakêmpalan kaum madya Tionghwa, botên namung kangge para among dagang kemawon, nanging ugi kangga para rèntênir, dhoktêr partikêlir sapanunggilanipun. Ingkang malêbêt sampun wontên tiyang 28. Ingkang minôngka adpisuripun inggih punika Tuwan Dr. Sie Boen Lian.

Malèsèting ekonomi.

Benjing wulan April ngajêng punika para wêwakilipun nagari ingkang malêbêt Polkênbon badhe parêpatan wontên ing Geneve, badhe angrêmbag prakawis malèsèting ekonomi, sabab-sababipun, têbanipun saha rekadaya pananggulangipun. Parentahing Indhia Nèdêrlan, bokmanawi kanthi lantaranipun parentahing Nèdêrlan, ugi tampi ulêman, ananging botên badhe kintun wêwakil. Bokmanawi parentah Nèdêrlan badhe amatah salah satunggiling gêdhêlêgirdhênipun amakili ing parêpatan wau.

P.G.H.B. Saha rad kawula.

Kawartosakên P.G.H.B. sampun ngaturakên sêrat panyuwun dhatêng parentah supados salah satunggiling kandhidhatipun kaangkata dados warga rad kawula. Ingkang dipun kandhidatakên inggih punika: Tuwan Atik Suwardi, Tuwan Prawiradinata saha Tuwan Andhaga Wadyakaryasa.

--- 127 ---

Kawontênanipun kasarasan ing Sêmarang.

Miturut pangagênging pakaryan kasarasan ing Sêmarang, kawontênanipun kasarasan ing gêmintê wau salêbêtipun 1930 kenging kawastanan sae. Tumrap têtiyangipun sadaya cacahipun ingkang pêjah, racak wontên 26½ ing dalêm tiyang sèwunipun. Ing salêbêtipun taun 1930 ing Sêmarang botên wontên sêsakit kolerah saha cacar, namung wontên tiyang satunggal katrajang sêsakit pès. Cacahipun tiyang ingkang katrajang sêsakitipun langkung kathah tinimbang ing taun 1929, nanging ingkang kenging sêsakit dhiptèri suda kathahipun. Wontênipun padamêlan, asanèri kangge nanggulangi sêsakit malariah kenging kawastanan sampun rampung.

Tukang sade jimat kacêpêng.

Saking Salatiga Koerier tampi pawartos: Dèrèng dangu asistèn wadana ing Bringin, dhistrik Salatiga, sampun anyêpêng satunggilipun tukang sade jimat. Tiyang wau namanipun Dhikan, panggaotanipun tani, griyanipun ing dhusun Plumutan, ondêr dhistrik Bringin, jimat ingkang dipun sade inggih punika awujud krikil, dipun namakakên lirang bangsa asu marungga, tugêlan kawat têmbaga saha cuwilan têmbagi, kaawatakên aji wêsi kuning, tuwin kêrtas ingkang sinêratan aksara Arab. Nalika kacêpêngipun Dhikan wau, têtela wontên tiyang sawêlas ingkang sampun kenging ing apus, sampun sami tumbas jimat wau kanthi rêgi antawisipun 1 kalihan 30 rupiyah, gunggung wontên 110 rupiyah. Nalika dipun dangu saking pundi anggènipun angsal ngèlminipun wau, wangsulanipun saking tiyang nama Bok Atmasêtika ing dhusun Cungkup, Salatiga. Tiyang wau sampun tilar donya, nanging rumiyin anggadhahi murid. Prakawis wau samangke sawêg dipun priksa dening ingkang wajib.

Tiyang Arab Ngamuk.

Saking Surabaya Aneta martosakên: Dèrèng dangu ing ngrika wontên tiyang Arab soroh amuk kanthi dêdamêl pèmès. Tiyang wau anrêjang tiyang Madura sawatawis ingkang lajêng sami mlajêng lumêbêt ing griya. Ingkang soroh amuk wau lajêng lumêbêt ing salah satunggilipun griya, amêjahi tiyang satunggal saha anatoni tiyang èstri satunggal. Saking ngriku lajêng malêbêt ing griya sanès, amêjahi tiyang èstri satunggal saha anatoni tiyang satunggal. Sakawan pisan sami kabêkta dhatêng C.B.Z., dene ingkang soroh amuk wau ... ical larinipun.

K.N.I.L.M. salêbêtipun wulan Dhesèmbêr.

Salêbêtipun wulan Dhesèmbêr ingkang kapêngkêr cacahipun tiyang ingkang numpak mêsin mabur K.N.I.L.M. wontên 1243. Inggih punika Bêtawi - Bandhung 352, Bandhung - Bêtawi 340, Bêtawi - Sêmarang - Surabaya 159, Surabaya - Sêmarang - Bêtawi 174, Bêtawi - Palembang 15, Palembang - Bêtawi 26, Bêtawi - Palembang - Singgapur 32, Singgapur - Palembang - Bêtawi 34, Bêtawi - Palembang - Medhan 15, Medhan - Palembang - Bêtawi 31, saha namung mubêng-mubêng kemawon 65. Momotan barang sadaya wontên 8582 kilogram, dene momotan pos wontên 1250 kilogram (watawis sêrat 87.500 lêmbar). Ingkang wicaksana gupêrnur jendral nalika tindak nitipriksa dhatêng papan ingkang kenging bêncana rêdi Mêrapi sampun kaparêng nitih mêsin mabur K.N.I.L.M. dumugi Sêmarang.

Asiah

InthiaIndhia. Inggris.

Alahabad 22 Januari (Aneta-Reuter). Uitvoerend Comite, ing konggrès kalawingi sampun parêpatan, angrêmbag kawontênan ingkang kadadosan saking katranganipun Mac Donald saha kadospundi anggènipun badhe suka pitêdah ing bab wau dhatêng praja. Kanthi suwara umum sampun dipun wontênakên katêtêpan, nanging dèrèng dipun wara-warakakên, ngêntosi dhatêngipun sapru, santri saha jayakar ingkang sami andhêsêk supados dipun sumênèkakên. Ewadene salêbêtipun môngsa wau rancanganing konggrès badhe dipun tindakakên.

Nahpur, 22 Januari (Aneta-Reuter). Awit saking dhawuhipun pangagêng ing Nahpur supados têtiyang ukuman ingkang pinancasan sadèrèngipun tanggal 30 Nopèmbêr sami dipun luwari, wontên tiyang ukuman pulitik 163 sampun sami dipun wêdalakên saking pakunjaran ing kitha wau. Ingkang angsal pangapura wau botên kalêbêt têtiyang ingkang kaukum jalaran mutawatosakên tata têntrêming umum.

Niudhèli, 23 Januari (Aneta-Reuter). Para warganipun Wetgevende Raad ingkang agami Islam sampun sami anêrangakên panarimahipun dhatêng sêsorahipun Mac Donald, sami nyuwun dhatêng ministêr muka wau supados para tiyang ukuman pulitik sami ingapuraa, murih sagêdipun dados sae kangge nyambut damêl sêsarêngan.

Eropah.

Konpêrènsi Meja Bundêr.

Miturut pawartos (Aneta-Reuter) saking Londhon, konpêrènsi meja bundêr sampun katutup kanthi ambaraning manah kados nalika pambikakipun.

Mac Donald, ministêr muka asêsorah, andamêl wawasan punapa ingkang sampun dipun tindakakên salêbêtipun sadasa minggu. Sarêng angambali janjinipun parentah Inggris bilih Indhia Inggris punika ginadhang badhe kaparingan parentah mandhiri, panjênênganipun tinampèn ing surak mawurahan.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 5066 ing Padhang. f 1.50 sampun katampi.

--- 128 ---

Wêwaosan

Sêrat Badhakacayana.

22

[Pocung]

Wontênipun kalaksanan sang aprabu / tumindak mangkana / kacarita kang dadya wit / duk Sang Nata Wrêdha amurwèng kasidan //

apinuju Pangran Sumana ingutus / piniji marentah / amangagêngi propinsi / yèku tanah liya kang sampun kabawah //

mring Sang Prabu Wrêdha kang sampun amurud / milane Jêng Pangran / Sumana datan udani / obah osiking praja Pataliputra //

nagri iku kuthaning karajanipun / nagri Jambudipa / ya ta kocapa ing nguni / sasedaning rama datanpa sarônta //

ujug-ujug Pangran Asoka anêmpuh / mêrangi kang raka / Pangran Sumana kalindhih / pinarjaya mring ari têmah palastra //

marmanipun Jêng Pangran Asoka wau / lêstari brêgagah / ngakahi ingkang nagari / wit tan wontên ingkang badhe munasika //

kang winuwus rikala ing sedanipun / Jêng Pangran Sumana / garwane sampun garbini / lan wus cêlak laire punang kandhutan //

rèh sang ayu sakalangkung ajrihipun / mulat krodhanira / butêng wêngise kang rayi / Jêng Pangeran Asoka kadi sardula //

datan wurung sariranipun sang ayu / binelakkên pisan / mring raka kang wus ngêmasi / pêpuntoning cipta mung sumêdya murca //

lah ing ngriku / sang rêtna gya lolos dalu / anis saking praja / nyilip lampahe lêstari / byar raina praptèng dhusun ran Candhala //

nadyan dhusun Candhala têtiyangipun / sami kêmlaratan / kêkirangan sandhang bukti / parandene pangrêngkuhe mring sang rêtna //

lir sadulur samya wêlas kang andulu / sing kumêdahira / ngatonkên ing sutrêsna sih / nora ketang rinewang urun-urunan //

putri wau gya dèn karyakakên gubug / cèkli nging santosa / pinrênah nèng sangandhaping / kajêng bulu kang jajar kalawan gurda //

anèng ngriku alêrêm nir wasing kalbu / nêntrêmkên sarira / sang kaswasih dèn ladosi / mring pra èstri kanthi sukarênèng driya //

tan adangu sang dèwi kandhutanipun / babar mijil priya / tanpa sangsaya lêstari / jabang bayi pinaraban Bulugurda //

marma sinung pêparab kadi puniku / wit laire radyan / anèng sangandhaping uwit / bulu ingkang ajajar lawan wit gurda //

nêngna wau cinêndhak caritanipun / jabang bayi nulya / pinasrahkên mring sang tapi / yèku rêsi pandhitaning gama Buda //

pangran sunu pinardi sakwèhning kawruh / kacakup sadaya / wusana wau sang pêkik / dadya biksu ingkang tansah nungku puja //

langkung mungkul tan tolih kamuktèn luhung / anuhoni lampah / jumênêng biksu utami / kacarita tatkala Prabu Asoka //

alumurug nêlukkên ing tanah Hindhu / kathah para raja / ingkang kasoran ing jurit / krajan tanah Hindhu kathah kang kabawah //

duk puniku Pangran Bulugurda wau / wus dadya pandhita / tan pêgat amangun tèki / anuhoni jênênging pandhita Buda //

kunêng wau mangsuli carita ngayun / Sang Prabu Asoka / anuju sajuga ari / ajumênêng wontên ing plating kadhatyan //

êplat wau inggih jarambah ing dhuwur / nginggil payon pura / duk punika sri bupati / amanggalih lêlakyan kang wus kawuntat //

wantu-wantu tansah karasèng jro kalbu / dènnya wus maeka / mring raka kongsi ngêmasi / lan tan pêgat dènnya arsa budidaya //

arjanipun mrih utamanirèng prabu / miwah kadiparan / dènira arsa manggalih / ambêbingah dhumatêng para kawula //

tan adangu sang nata nulya andulu / katon sing mandrawa / wontên biksu lagya linggih / nèng sor bulu kang jajar lawan wit gurda //

biksu wau sarwa jêne prabotipun / Sang Prabu Asoka / dahat êntyarsaning galih / dene wontên satunggiling biksu mudha //

gya angutus sang nata nimbali biksu / tan dangu wus prapta / nèng ngarsaning sri bupati / myang dinangu sang bagus biksu punapa //

rèh sang biksu Bulugurda jatinipun / inggih ingkang lênggah / anèng sangisoring uwit / mung sariranipun pribadi tanna lyan //

têmah manut punapa sadhawuh prabu / tandya dhinawuhan / laju umanjing apuri / tan lênggana biksu lumêbèng kadhatyan //

nging sang prabu lir kaling-kalingan gunung / tan anyana-nyana / tan èngêt biksu puniki / bilih putra pulunanipun pribadya //

gupuh-gupuh Sang Prabu Asoka dhawuh / ngacarani lênggah / mring biksu kang nêmbe prapti / amapana wontên palênggahanira //

ingkang sampun sinadhiyakkên ing ngriku / ing sapangkat-pangkat / nanging biksu nyulayani / nora lênggah menga-mengo ngeri nganan //

sêmunipun wontên cipta kang tan rujuk / ya ta duk samana / sang biksu gya mapan linggih / nèng dhêdhampar kang dumunung mardisoka //

lah ing ngriku sri narendra langkung ngungun / dene sang pandhita / murang silaning akrami / wanuh wani lênggah wontên ing dhêdhampar //

wruhing sêmu biksu mudha antuk bêndu / dinukan ing nata / tan dangu umatur aris / dhuh sri nata pêpundhèning pra kawula //

nata agung kinèdhêpan para ratu / mugi kalilana / kawula matur sang aji / tuwin mugi tan dadya dukaning nata //

dhuh sinuhun karsa amirêngkên atur / lêlampahan amba / bilih paduka nrêpati / sampun mirsa yêkti uninga mring amba //

sintên ulun myang paduka ingkang tamtu / karsa amisudha / paring kadarman mring abdi / wit kawula uning bilih sri narendra //

ambêk sadu adil paramartèng tuwuh / nadyan sayaktinya / paduka kagungan sisip / nging sajroning panggalih sampun martobat //

lajêngipun karsa budidayèng laku / mrih arjaning tindak / ywa kongsi narajang garis / tan wruh ngadil kadyangganing ratu murka //

ya ta wau sang biksu mudha gya matur / ngaturkên lêlakyan / wiwit sedaning sudarmi / myang lêlakon kaananing ibunira //

masmu gêtun duk miyarsa sang aprabu / turing biksu mudha / angartika jroning galih / e, e, ora nyana ingsun pisan-pisan //

lamun iku bocah kang darbe kadhatun / alungguh ing dhampar / kang mêsthine anggêntèni / dadya nata kaprabon ingsun samangkya // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 9, 11 Pasa Taun Jimawal 1861, 31 Januari Taun 1931, VI

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [129] ---

Ôngka 9, 11 Pasa Taun Jimawal 1861, 31 Januari 1931, Taun VI

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Bêtawi Sèntrêm.

Laladan Rêdi Mêrapi

[Grafik]

Gambar nginggil punika têtiyang dhusun ingkang sawêg sami amasangi sela-sela minôngka bêndungan kangge ngalang-alangi bilih wontên bêna lahar malih ing lèpèn Batang.

--- 130 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja, Ind. Arts ing Kudus.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 8.

Ingkang sakit manawi botên kumat, botên kraos punapa-punapa kadosdene tiyang saras kemawon, ananging ingkang kathah asring kraos sakit utawi kraos sênêp sêbah ing wadhuk lan angèl utawi botên sagêd bêbucal.

Sêsakit ingkang asring sêsarêngan (complicatie) kalihan galsteenziekte inggih punika galblaasonsteking ingkang ngêdalakên nanah, sêsakit ing pipa gal ing lêbêt ati sok lajêng andadosakên thukuling wudun ing ati (lever absces), sêsakit ing alvleeschklier utawi sanèsipun, samôngsa galblaas sakit ngêdalakên nanah lajêng sagêd nukulakên bloedvergiftiging punika sagêd aniwasi, ananging botên mêsthi lan awis ingkang dados makatên.

Tiyang ingkang sakit galblaas-ipun ngantos ngêdalakên nanah punika katingal rêkaos, timbangan bêntèr (39-40°) andharodhog pols rikat lan lêmês, panggenan ingkang kraos sakit dipun grayang sakit sangêt, trêkadhang ingkang sakit botên bêntèr botên kraos sakit, mila ingkang sakit makatên inggih punika ingkang sakit sampun kaping-kaping kumat lan sampun turunan, kita kêdah prayitna, awit sagêd aniwasi.

Manawi sabibaripun kumat, wontên watu lumêbêt ing pipa ingkang anjog ing usus lajêng ambuntoni pipa, punika sagêd nukulakên sêsakit kuning lan sagêd ical utawi saras, samôngsa watu ing pipa wau sagêd lajêng anjog ing usus, watu ing nglêbêt galblaas utawi watu ingkang kèndêl ing pipa galblaas punika sagêd adamêl sakit daging kêndhangan, ing ngriku, wasana sagêd nukulakên sakit bêntèr, ingkang sakit katingal rêkaos, trêkadhang sagêd mrèmèn andadosakên wudun ing lêbêt ati (abces) dados ambêbayani.

Manawi watu ingkang ngalang-alangi wêdalipun gal dangu botên sagêd lajêng mêdal saking pipa-pipa, gal wau ingkang mandhêg (ngêndhog) sagêd anjalari agênging ati, ati dados atos mêndal-mêndal, klimis, dipun grayang dipun pidèh driji botên kraos sakit, trêkadhang wêtêng lajêng malêmbung (busung) antawis wulan utawi taun ingkang sakit tiwas.

Tiyang utawi dhoktêr sagêd nêtêpakên watunên ing galblaas (galsteenziekte) manawi katingal wontên watu ing sêsukêripun ingkang sakit, asring ingkang sakit salaminipun gêsang botên ngrêtos gadhah sêsakit punika, amargi botên nate kraos sakit ing ulu ati utawi ing wadhuk, jalaran watu ing galblaas utawi ing ati wujudipun lêmbat-lêmbat kadosdene pasir (gruis).

Sêsakit watu ing galblaas samôngsa kumat, tiyang utawi dhoktêr, mastani sagêd kalintu kalihan sêsakit korèng ing wadhuk, watunên ing ginjêl (niersteenziekte) blindedarm onsteking, sêsakit [sêsa...]

--- 131 ---

[...kit] ing alvleeschklier, sêsakit daging kêndhangan ing wêtêng (buikvliesontsteking) lan sapanunggilanipun. Bilih ing wadhuk asring kraos sakit sêbah utawi sênêp, tiyang utawi dhoktêr mastani sêsakit ing wadhuk. Sarêng dipun titipriksa yêktos pinanggih watunên ing galblaas.

Manawi botên sagêd nêtêpakên sêsakitipun galsteenziekte utawi sanès, punika isinipun wadhuk kêdah kapriksa asarana ngèlmi pamisah (scheikundig onderzoek) adat tiyang ingkang sakit watunên ing galblaas, zoutzuur ing wadhuk wêdalipun sakêdhik sangêt, utawi ing wadhuk mèh botên wontên zoutzuur-ipun.

Anjampèni galsteenziekte ôngka satunggal, kêdah anjagi bab têtêdhan ingkang katêdha dening ingkang sakit, ingkang sakit kêdah nêdha sayuran (janganan), wowohan, sêkul sapanunggilanipun, saha kêdah kathah ngombe mineraalwater (soda), ingkang dipun awisi: nêdha daging utawi têtêdhan ingkang atos-atos, bêbucal kêdah sabên dintên, ingkang sae lan lêmês, dene jampinipun karlsbaderzout.

Manawi sakitipun dhatêng dadakan, ingkang sakit kêdah kèndêl tilêman, nênêdha dipun jagi, ngombe ombèn-ombèn ingkang angêt-angêt, panggenan ingkang kraos sakit dipun popok bubur angêt (dipun buntêl sinjang ingkang rêsik), manawi kraosipun sakit tansah nyogok sangêt, punika kêdah dipun suntik morphine.

Anjampèni makatên kêdah dipun lajêngakên sawatawis dintên, ewadene manawi ingkang sakit tansah sambat sakit sangêt, sakitipun botên suda malah tansah kumat, punika prêlu kêdah dipun operatie dening dhokter ingkang ahli. Samôngsa ingkang sakit enggal katulungan dipun operatie, adat sagêd saras saèstu, trêkadhang sok taksih sagêd kumat, punika jalaranipun ing ati sagêd thukul watu malih.

Watu ing pipa galblaas ingkang ambuntoni wêdalipun gal salêbêtipun sawulan kalih wulan botên sagêd mêdal, punika inggih prêlu dipun operatie.

Tuladha: ing taun 1923 kula taksih èngêt, kula dipun purih dhatêng dening tuwan adminisêtatir pabrik gêndhis ing Bêsaran, mriksa nyonyahipun ingkang sakit bêntèr, nyonyah wau sabên 2 a 3 wulan, kumat sakitipun bêntèr, lan ing ulu ati kraos sênêp sêbah, kula grayang ing panggenan ingkang kraos sêbah, driji kula pêtêlakên ing prênah ulu ati sisih têngên ngandhap iga, nyonyah sambat sakit sangêt, sasampunipun kula mriksa sanèsipun jêroan, pinanggih cêtha bilih ati utawi galblass ingkang sakit, mila kula matur dhatêng tuwan adminisêtatir, saking pamanggih kula nyonyah wau gadhah sêsakit galsteenziekte bokmanawi lêrês wontên watu ing galblaas utawi galblaas sampun sakit (ontsteking) ngêdalakên nanah mêsthi kêdah dipun operatie. Tuwan adminisêtatir gèdhèg-gèdhèg botên pitados, pratela manawi nyonyah sampun kaping-kaping dipun priksa dening dhoktêr ing Surabaya tuwin dhoktêr ing Sêmarang, nanging botên wontên satunggal dhoktêr ingkang mastani nyonyah gadhah sêsakit makatên. Kula matur kenging ugi kula sagêd kêlintu, dhoktêr sanès ingkang lêrês,

--- 132 ---

nanging wêkdal punika saking pamanggih kula makatên, inggih punika nyonyah gadhah sêsakit ing galblaas.

Sapunika prayoginipun, tuwan mundhut konsul dhoktêr speciaal (chirurg) ingkang ahli operatie, tuwan adminisêtatir mupakat. Kalampahan, dhoktêr ahli saking Sêmarang Dr. v.D. ing wanci dalu dhatêng mriksa nyonyah wau, enjingipun kula dipun talepun kapurih dhatêng malih. Sadhatêng kula ing Bêsaran lan sabibaripun kula mriksa: ingkang sakit, pinanggih tuwan adminisêtatir ing pabrik (ing wêkdal samantên pabrik pinuju giling) tuwan adminisêtatir pratela manawi tuwan Dr. v.D. saking Sêmarang wau dalu sampun dhatêng mriksa nyonyah, Dr. v.D. nêrangakên lêrês sakitipun nyonyah galsteenziekte lêrês kadosdene pamanggih kula ing nginggil wau, lan sasagêd-sagêd, dintên punika ugi nyonyah kêdah kaboyong ing griya sakit Juliana badhe dipun operatie.

Enjingipun malih, saèstu nyonyah dipun operatie ngêdalakên nanah kintên-kintên mèh 1 L. dados sêsakitipun ing galblaas sampun dados wudun (abces) saupami botên kabujêng dipun operatie makatên, nyonyah têmtu sagêd tiwas.

Kawruh Sawatawis

Panèn

Sambêtipun Kajawèn nomêr 8.

Ing wulan Dhesèmbêr kapêngkêr, saha Januari punika, ing tanah Dhèli kathah tiyang nanêm pantun. Ingkang kathah pantun patêgilan (ladang). Pantun patêgilan punika pananêmipun kados pantun gaga ing tanah Jawi ngriki, murih gampilipun kaparênga kula wastani pantun gaga kemawon. Wujuding pantun kenging kula perang dados tigang golongan, inggih punika pantun limrah (sêkul limrah) pantun kêtan (têtiyang ing Dhèli mastani pantun pulut) saha pantun têdha pêksi. Pantun têdha pêksi punika, wit saha gabahipun alit-alit, mathuk sangêt minôngka têdhanipun pêksi pêrkutut.

Tumrapipun patêgilan laladan tanah kabudidayan sata, anggènipun nanêmi sawindu (wolung taun) sapisan, inggih punika salêbaripun katanêman sata. Dados têgil punika, salêbaripun katanêman pantun, lajêng kabêrakakên ngantos pitung taun, mila kajêng ing satêngah-têngahipun pagagèn ngriku, ingkang lêtipun watawis tiga sakawan mètêr, dipun ingah kemawon, botên tumut kawatun, minôngka kajêng bibit ing wana bêbêran punika. Sarèhning antawisipun nanêmi punika dangu sangêt, dados prasasat tansah nanêmi siti enggal, mila botên anggumunakên manawi wêdalipun sagêd sae. Mênggah dhapuranipun pantun agêng-agêng, sadhapur ngantos kalih dasa utawi salawe uwit. Inggilipun radin-radin sadêdêgipun tiyang, malah wontên ugi ingkang nglangkungi. Manawi pantun sampun jêne katingal saking katêbihan kados babut kagêlar ing kamar ingkang pagêripun ijêm, [ijê...]

--- 133 ---

[...m,] dening têpis wiringing pagagèn awujud wana, kajêng ingkang kaingah ing pagagèn esthanipun kados sêsêkaraning babut, ing panggenan ingkang mêndhak mandhukul mèmpêr babut ngalunthung labêt kasurung ing suku. Wujudipun pantun mêntês-mêntês, manawi kenging sorotipun srêngenge katingal mancêrêt kados jêne ure.

[Grafik]

1-3 wujudipun pantun saking patêgilan, 1-7 wujudipun pantun saking sabin.

Ngajêngakên badhe dipun ênèni, dipun wilujêngi rumiyin nama: miwiti. Inggih miwiti ani-ani. Sarat masrutipun inggih botên prabeda lan wilujêngan ingh tanah Jawi ngriki. Wêkdalipun miwiti ugi milih dintên ingkang kaanggêp sae. Pantun anggènipun ani-ani wiwitan punika minôngka bakuning bibit. Wujudipun ani-ani sami kemawon kalihan ani-ani tanah Jawi. Sarèhning mangsanipun panèn ing satunggil-tunggiling panggenan asêsarêngan, dhasar bau inggih awis, mila awis-awis tiyang ingkang purun dêrêp, racakipun dipun tandangi piyambak. Môngka caranipun ing Dhèli, tiyang ingkang panèn punika pindhah, manggèn ing têgil (ladang) angêdêgakên gubug. Tumrapipun tiyang Jawi gubugipun dhepok, botên panggung. Ing salêbêtipun gubug dipun yasani anjap-anjapan minôngka papaning tilêm, ing sangandhapipun anjap-anjapan kangge wadhah pantunipun, ing sabagean malih panggenan ngrêratêngi saha pranji wadhah ayamipun. Sampun kenging kapasthèkakên sabên tiyang mêsthi sami ambêkta ayamipun, margi sami ngrêtos bilih botên sakêdhik indhaking lêmanipun. Anggènipun dêdunung ing têgil trêkadhang ngantos kalih têngah wulan, gumantung dhatêng wiyar ciyuting têgil. Pantun utawi gabahipun kabêkta mantuk manawi sampun garing saèstu. Wondene têbih cêlaking têgil saking ing griyanipun, botên mêsthi, wontên ingkang cêlak, wontên ingkang têbihipun ngantos sadasa kilo mètêr. Mênggah papan ingkang dipun tanêmi, tumrap satunggil-tunggiling tiyang ing sabên taunipun, sampun mêsthi botên ajêg, walak-walag bêgjanipun ingkang bêgja inggih cêlak kalihan griyanipun, ingkang kirang bêgja inggih têbih, margi pangêdumipun sarana kaundhi, dados kados sabin palayangan ing tanah Jawi ing jaman kina. wasana nyuwun pangaksamanipun para maos.

A. Kartaatmaja, Kwalamêncirim.

--- 134 ---

Raos Jawi

Utamaning Lampah

[Gambuh]

Kasusu murwèng gambuh / anglêngkara yèn rarase jumbuh / tur pinêsu ngruruh wose malah dadi / ngômbra-ômbra angêlantur / datan tata têmah blero //

labête mudhapunggung / tan wrin angga paksa kumalungkung / lôngka lamun dadya panujuning galih / ring para nung dêstun amung / inganggêpa omong kosong //

tan was-was andêlarung / ngura gita jatine pan amung / mèt sarana berata ring tyas gung kingkin / datan pêgat anênuwun / aksamèng para kinaot //

nahên ta wahyèng kidung / kadêrênging driyanggung wulangun / de kakênan ing têmbung kang lumrah dadi / sêkar lathi yèku rukun / akarya santosaning don //

dèn angkah mrih pakantuk / kana-kene gêgolongan bikut / datan pêgat rineka daya ginusthi / pinathok kênthêling rêmbug / ingugêr môngka wêwaton //

wêkasan caking laku / kang sawênèh dadak mandhêg mangu / menga-mengo lêlagean karêm mampir / jare nyidham rujak sêntul / kêtungkul usrêg padudon //

kalamun ngrasa unggul / têgêl ngêgi agahan angêkul / kang angalah tan darana gya ngunduri / bari grênêngan moh wanuh / kaprêgoka amalengos //

èh piye ta nèh iku / dene têka pijêr gawe bingung / ring si pêngung kadya kang marna pribadi / cacak mring sanak sadulur / kalantur tan bangkit golong //

kadurus nora rukun / munggwing nalar yêkti tan pakantuk / apan layak kalamun tumrap si pingging / jaragan cingkranging kawruh / karuwan bae mung kasor //

balik kang rumôngsa wus / angakoni sarwa-sarwi putus / eman têmên kêtungkul datan ngêntasi / jangkahing jôngka mung kisruh / harak dadi sami mawon //

uwose tan kêcakup / kaya bênêr ujare si pikun / kaum kolot sung pemut wite nitèni / dening kang kêlumrah munggah / têpunging srawungan katon //

bangsaning asor lamun / kêkancuhan bangsaning ngaluhur / bôngsa mlarat kêkancuhan bôngsa sugih / kaanane nora mathuk / thuk-thukane boya cocog //

kang ambêk budine dur / kêkancuhan lan ambêk budyayu / ing sêdyane adhakan sok bèncèng pikir / kang wani lan wêdi lampus / tekade cêpak sok blero //

sarèhning kang tinêmu / kaanane sêdya tekadipun / tan anunggil gya tuwuh tyas sônggarunggi / tan tanggon sinrang pakewuh / wit kalingan melik-mêlok //

mung tumrap kang wus gambuh / wrining gati bangkit bengkas nambung / ngibarat lwir mas tatur têmbaga murni / linêbur dadya sawujud / pamore aran suwaos //

jangkane dyan ginilut / jumangkahe kalêksanan ngracut / bênêr luput ala bêcik dadi siji / dumadi kawasa mêngku / ing wasana môngsaborong //

sigêg kata pinugut / ri Rêspati môncawarna nuju / kaping kalih Ramêlan lèking sitèngsi / Jimawal sangkalèng taun / budi asih murtining wong //Sengkalan: budi asih murtining wong (Kamis, 2 Ramêlan 1861 A.D., Kamis, 22 Januari 1931 A.J.).

Pak Sandiyêm, ing dhusun Bayan (Bagêlèn).

--- 135 ---

Kagunan

Selat

Wontênipun selat utawi pêncak ing Indhonesiah punika warni-warni sangêt, mèh sabên nagari utawi kitha anggadhahi selat piyambak, ingkang beda-beda lampah-lampahipun. Ing kitha Bêtawi mèh sabên kampung gadhah cara piyambak-piyambak, wontên ingkang dipun wastani manut asalipun utawi lampahipun, kados ta: Sipêcut, Simajan, Sisambut, ing tanah Pasundhan ingkang sampun misuwur: nama Cimandhe lan Cikalong, manut asalipun. Ing Sumatra punika lampah-lampahing selatipun sanès sangêt tinimbang selat ingkang kasêbut ing nginggil. Nanging sadaya selat ingkang kula sumêrêpi, ingkang dipun tuju namung anangkis songkolan, anyongkol lan andhawahakên mêngsah. Mênggah pratikêlipun warni-warni, manut selatipun, wontên ingkang rênggang, inggih punika nêbihi mêngsah, wontên ingkang kêdah rapêt kalihan mêngsah.

Panyongkolipun ugi warni-warni, wontên ingkang tanganipun dipun panjangakên, wontên ingkang dipun cêlakakên. Malah selat Cikalong punika mèh botên wontên songkolanipun, nanging namung kêdah nèmpèl mêngsah badhe andhawahakên. Adêgipun ugi warni-warni, wontên ingkang andhap, ingkang dipun wastani kudha-kudha, wontên ingkang ngadêg limrah. Selat cara Sumatra, ingkang kathah pangantêm utawi panangkisipun mawi suku, selat Bêtawi suku awis-awis kangge angantêm (anêndhang), ingkang kathah-kathah migunakakên tangan kemawon.

[Grafik]

Jurus adêging selat.

Ing ngriki kula badhe nyariyosakên kadospundi panyinaunipun salah satunggiling selat Bêtawi ingkang kula sumêrêpi, nama-namaning lampah ingkang kêdah dipun sinau, sarta sawatawis katêrangan kadospundi cara selat anggènipun badhe andhawahakên mêngsah lan sanès-sanèsipun.

Sadèrèngipun sinau lampahipun, kêdah sinau jurus rumiyin, prêlunipun kangge ngulinakakên tangan, badan lan adêgipun. Selat ingkang kula cariyosakên punika anggadhahi jurus warni 7, adêg lan pasanging tangan, amriksanana gambar.

Sasampunipun sagêd jurus warni 7 punika, lajêng wiwit sinau lampahipun. Nanging murid-murid kêdah sidêkah rumiyin dhatêng gurunipun awarni mori sarta peso, saking cariyosipun guru supados manahipun rêsik lan enggal sagêd sinaunipun. Saking pitadosipun dhatêng gugon-tuhon wau, manawi wontên murid ingkang botên purun sidêkah, inggih lajêng botên dipun wulang. Dangu lan botênipun anggènipun sinau wau gumantung lantiping [la...]

--- 136 ---

[...ntiping] manahipun murid. Mênggah namaning lampah kados ing ngandhap punika:

1. jalan cina I., 2. jalan cina II: punika dados nama, botên nyapèlèkakên dhatêng namaning bôngsa Tionghwa).

3. jalan 3 pojok atas.
4. jalan 3 pojok bawah.
5. empat pancer atas.
6. empat pancer bawah.
7. jalan campur,
8. silat bumi,
9. merak ngigel,
10. kelabang menyeberang,
11. naga ngerem,
12. longok,
13. empat pancer berjalan.

Satunggal-tunggaling lampah punika radin-radin kêdah dipun sinau sawulan. Manawi lampah-lampah wau sampun pahan saèstu, sawêg dipun wulang gunanipun sadaya lampah, ebahing tangan, suku lan sanès-sanèsipun. Lajêng dipun wulang pratikêl-pratikêl ingkang winados, ingkang tiyang Bêtawi mastani resia. Manawi badhe wiwit sinau lampah ingkang nomêr 13 punika kêdah sidêkah malih, inggih punika mawi mragat menda. Amargi saking lamining sinau sarta pranatan-pranatan wau, tiyang sinau selat ingkang kula aturakên punika 90% botên sagêd têrus sinaunipun.

Sarèhning selat-selat wau gadhah wados piyambak tur sadaya sae, prayoginipun manawi niyat sinau saèstu kêdah sampun ngantos namung nyinau selat warni satunggal kemawon. Badhe kasambêtan.

Samsi.

Gugon tuhon

Bab Waril, Kaulipun Tiyang Sêpuh Kina

Rumiyin kula sampun nate mirêngakên sawênèh bab waril, tiyang wau suka wêwarah dhatêng anak putunipun, sarèhning kula manah ragi wontên paedahipun dipun gatosakên, mila wêwarah wau prêlu kula èngêt-èngêt, wosipun kemawon kirang langkung makatên:

Anak putuku, ênggèr, padha tak pituturi, rungokna, salawasmu kowe kabèh isih dhêmên marang kalumrahan, aja sok padha nyêmbêlèh pitik kang ora nuju ana prêlune, sanadyan kotandangi dhewe utawa kongkon seje, aja pisan-pisan anglakoni, ora kêna, awit iku dadi waril sarta gêdhe wilalate, bisa munggêl utawa nyupêtake gêgayuhan bênêr bêcik kang kosêdyakake. Dene yèn ana prêlune kang kudu ngrupakake iwak pitik matêng utawa mêntah, tukua bae marang bakul iwak pitik.

Mêngkono manèh, lamun kowe kêdhayohan pawongmitra, kadang karuh sapanunggalane. Sanadyan adoh utawa pêrak padunungane, môngka mung mrêdhayoh lêlahanan ora nuju prêlu duwe gawe sapêpadhane kang mawa jagongan, iku [i...]

--- 137 ---

[...ku] uga aja pisan kosêmbêlèhke pitik. Dene yèn pancèn prêlu kosuguh kang kudu nganggo iwak pitik, luwih bêcik tukokna bae daging pitik kang wus kari ngolah utawa kari mangan, awit iku uga waril. Yèn kongsia narajang nyêmbêlèhake pitik: mêdhotake têtêpungan, sarta bisa uga dadi cuthêl babarpisan, malah dilalah ora bakal bali mring ngomahmu manèh salawase.

Dene mupakate nyêmbêlèh pitik kang ora ana warile, iku yèn kanggo sadhengah slamêtan, duwe gawe kang nêkakake dhayoh akèh, kang lumrahe diarani pista utawa mangan enak sapêpadhane, mêngkono mungguh tumrape wong cilik sakowe kabèh iki. Poma wêkasku aja pisan kolirwakke lan wani narajang…

Kaul kasêbut nginggil punika tumrap bab mragat ayam lêlahanan wau kula botên angyêktosi, kilap nyata lan botênipun. Nanging bab mragat ayam ingkang kadamêl nyêgah tamu lêlahanan, punika pancèn yakin makatên yêktos, awit kajawi anggèn kula nênitèni wongsal-wangsul, kula piyambak sampun rambah kaping 3 ngawaki maratamu dhatêng griyaning pawongmitra sae, têpangipun sami sae-sae sampun kados sadhèrèk dêlês, dumadakan kasêgah mawi dipun pragatakên ayam, nanging botên kajarag dening pancèn dèrèng sami mangrêtos bab waril kados kasêbut ngajêng. Dilalah lajêng cuthêl ngantos sapriki sampun dasanan taun laminipun, pêdhot babarpisan lajêng pêt kalampêt botên wangsul mrêtamu mriku malih, tigang panggenan wau makatên sadaya. Wiwit kala samantên ngandêl kula dhatêng bab waril tumrap tamu kapragatakên ayam wau. Mila sapriki tansah botên kasupèn, wêkdal katamuan utawi maratamu, kêdah dipun èngêt-èngêt sampun ngantos narajang.

Andharan kasêbut nginggil wau kula namung nyumanggakakên tumrap dhatêng ingkang kaparêngakên utawi namung badhe ngyêktosi. SawangsuliwunSawangsulipun. nyuwun gungging pangaksama tumrap dhatêng ingkang botên pitados utawi botên condhong babarpisan. Jêr namung nama kaul, mênggah kagêga botên kapitunan barang karang. Nanging upami botên kagêga inggih botên dados punapaa.§ Bab nyêgah dhahar tamu mawi ulam ayam, ingkang kathah lêrês botên nyarêngi gadhah damêl, dipun warilakên punika kula kok inggih ragi mupakat, dhing. Awit lajêng nama ngawontên-wontênakên (cêgah ing agami, inggih cêgah ing akal budi pangrêksaning kamlaratan) nanging kula kapêksa kirang pitados dhatêng: dilalah lajêng cuthêl babarpisan botên wangsul-wangsul mrêtamu malih wau, (mêdhotakên pawongmitran) jalaran anggènipun lajêng botên dhatêng-dhatêng wau, kintên-kintên tamtu wontên sababipun, katatalanipun kathah. Tiyang mrêtamu sapisan kasêgah dhahar mawi ulam ayam tur mragat piyambak, punika tamunipun jêbul malah cumbu. Lo, kula sampun ngawaki piyambak, dados dede omong kosong. Red.

P.K. 585.

--- 138 ---

Jagading Wanita

Pacitan Buka

Môngga, para maos kula aturi sami amênggalih, andak inggih botên siya-siya semah kula pun Petruk punika, ingatasipun kula sawêg mêmpêng siyamipun, têka dipun purih damêl cathêtan pangolahipun sêgêran kangge pacitan buka. Nanging inggih kadospundi malih, ing sarèhning kula punika taksih rumaos bodho, dèrèng sagêd mawas, bilih jalêr lan èstri punika sampun sami drajatipun, nanging pamawas kula dhatêng tiyang jalêr punika, taksih kados gurulaki sêjati, amila inggih badhe kula turuti punapa panêdhanipun semah kula wau. Sasagêd-sagêd sabên Kajawèn mêdal, kula inggih badhe urun cathêtan pangolahipun sêgêran sagadug-gadug kula, nanging têmtunipun inggih kêdah narimah sêgêran ingkang botên ambêjaji punika, kados ta:

Rucuh klapa kopyor

Mênggah pangolahipun rucuh klapa kopyor punika gampil wakipun gampil, inggih punika: mugi mundhuta klapa kopyor ingkang taksih sêgêr, lajêng kagêpuka dados kalih, klapanipun nuntên kakêrok mawi sendhok, angsal-angsalanipun wau mugi kawadhahana ing pinggan, sasampunipun lajêng kaparingana gêndhis pasir, ingkang ngantos lêgi, lajêng kacêmplungana ès, nanging sampun dipun soki toya rumiyin. Pinggan lajêng katutupa rumiyin. Dene pandhaharipun prayogi manawi sampun dhahar sêkul, mawi kaêjogan toya sacêkapipun. Lo, punika raosipun mak pyar sayêktos.

Sêtup nanas

Sêtup nanas punika kajawi raosipun sêgêr, ugi wontên pigunanipun tumrap tiyang siyam, jalaran sagêd anggancarakên lampahing rah. Mênggah pangolahipun makatên: mundhuta nanas ingkang sêpuh, kaoncèkana ingkang ngantos rêsik, nuntên kakumbaha mawi toya tuwin kausar-usarana mawi sarêm sakêdhik. Sasampunipun lajêngkairisana alit-alit, nuntên kagodhoga. Toyanipun kacêmplungana gêndhis ngantos salêginipun. Sarta kêdah dipun bumboni: manis jangan kalihan cêngkèh, ingkang sadèrèng-dèrèngipun kêdah kabakar rumiyin, toya wau lajêng kagodhoga ingkang ngantos umob, sasampunipun, nanas iris-irisan wau lajêng kacêmplung-cêmplungna, dene pandhaharipun, yèn sampun asrêp.

Sampun samantên rumiyin.

Mak Kamprèt.

--- 139 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Bab Priyantun Pangrèh Praja ing Polêksrad

II.

Petruk: Kang Garèng, ayo padha ambanjurake rêmbuge bab priyayi pangrèh praja ana ing polêksrad kaya lagi anu kae. Mung bae panjalukku kudu diati-ati têmbungmu, aja sok dhêmên ngece lan nyamah nyang pangkat wadana, mêngko mundhak didakwa, yèn ing ngarêp kowe kêpengin dadi wadana, nanging ora tinurutan, mulane sakiki banjur cêmêri-cêri mênyang pangkat wadana.

[Grafik]

Garèng: Hak hak hak, ora Truk, gênahe mono, apa ana sing dadi panggalihane. Hla kiyi andadèkake bungahing atiku têmênan, Truk, awit sajake banjur ana sing: rasa risi. Satêmêne mono mungguhing kayakinanaku, pangkat wadana kuwi pangkat kang luhur, kang angèl, dadi kudu tansah ngati-ati. awit sabênêre mono, arang pangkat sing tumraping panindake gampang klirune, gampang salahe, kang bisa anjalari kapitunan gêdhe marang wong-wong bawahe, kayadene pangkat wadana, mulane aku sok mêlèhake mênyang tindake wadana sing kurang suci, kuwi mung murih rahayune, ora kok mung ngala-ala lugu. Takarani ing jaman saiki kiyi iya wis ora ana wadana kang nindakake kaya pawêlèhku kuwi, ewadene ing sarèhning isih ana sing sajake rasa risi, dadi nèk ngono, saiki apa isih ana. Bêcike saiki anggonku gawe pawêlèh mau, ora arêp dakmarèni, nanging malah arêp dak sêngkakake pisan. Tumrape priyayi sing prawira lan suci têmênan panggalihane, kuwi nèk banjur ana sing ngaturake kalirune, wis mêsthi bungah. Ora kok yèn banjur bêgita-bêgitu.

Petruk: Hêm, Kang Garèng, nèk sabên manusa kuwi wis padha anduwèni rasa rumasa kabèh, padha ngrêti nyang kalirune, lan nyang kasalahane, kiraku swarga karo donya kuwi iya banjur prasasat ora ana bedane, jalaran ing donya kene banjur ora ana wong nakal, kang amigunakake kabodhoane utawa kasusahane kancaning urip, sarana akal-akalan salingkuh, upamane bae: wong sing sabab saka kapintêrane, utawa sabab saka karosane,

--- 140 ---

bisa ngrêbut barang darbèking liyan. Saupamane wong kuwi wis padha anduwèni rasa rumasa kabèh, têgêse: wis ngrêti nyang kaliruning lakune mau, yèn barang-barang sing diakoni duwèke dhewe mau, ing wusana banjur dijaluk bali marang sing duwe wênang, mêsthine rak iya banjur mak lung diwènèhake bae. Nanging ing sarèhning watak nakal kuwi ana ing donya kene durung ilang, barang-barang sing dudu hake mau iya mêksa dikukuhi, kêpèpèt-pèpète iya banjur mangsuli: anggone barang darbèkmu takopèni kiyi, rak sabab saka wêlasku nyang kowe, nèk nganti dadi ora karu-karuwan, rak eman-eman. Dene ing têmbe yèn kowe wis bisa ngupakara dhewe, wis mêsthi bakal takbalèkake nyang kowe manèh. Mulane, Kang Garèng, kowe aja mêsthèkake, yèn priyayi kuwi, sanadyanna saka golongan pangrèh praja pisan, kang salugune rak iya mung manusa bae, mêsthi anduwèni rasa rumasa, dadi ngrêti nyang kalirune, lan ngrêti nyang kasalahane. Nanging rêmbugane kok banjur nylèwèng, luwih bêcik saiki padha dibanjurake rêmbugane ing bab anane priyayi pangrèh praja ana ing polêksrad. Apamanèh kang dadi alangane, Kang Garèng.

Garèng: Sing andadèkake alangane priyayi pangrèh praja jumênêng dadi lit polêksrad kuwi, nèk rumasaku iya isih akèh. Kajaba priyayi pangrèh praja sok arêp ngukuhi tatacara kuna, kaya sing wis takkandhakake kala dina Sabtu, kang banjur kok wancahi kanthi pêthênthêngan, priyayi pangrèh praja kuwi kadhangkala iya sok kagungan tekad anggêre slamêt. Buktine: nèk nang konpêrènsi kae. Yèn saupama ana panggêdhe andhawuhake mangkene: ing sarèhning tuwan dhoktêr kewan dina anu arêp priksa kewan ing dhistrik anu, supaya kabèh kewan dikumpulake nyang desa anu. Lo, prentah kiyi rak bisa gawe karugiane wong cilik, jalaran, kapêksa ninggal pagaweane dhewe, kapêksa nuntun kewane nyang desa anu mau, kang adohe bokmanawa pirang-pirang pal saka desane dhewe, mangkono sapiturute, lan kabèh mau kathik ora olèh karugian apa-apa. Kang kaya ngono mau priyayi kang ambawahake kono iya ngrêtos, ewadene iya mêksa matur: sê ... ndi ... ka, jalaran, yèn nganti wani mancahi, kuwatir nèk-nèke mêngko banjur diarani: on-gêsêkik. Mulane iya banjur, luwèh-luwèh wong desa rugi, anggêre kenene slamêt. Hara, Truk, nèk tekad sing kaya ngono kuwi mêngkone digawa nyang polêksrad, apa iya ora kojur. Awit yèn ing têmbe ana usul apa-apa ing polêksrad, sing bisa agawe karugiane bangsane dhewe sing kêpengin maju, kaya ta upamane: yèn ing têmbe banjur ana usul ing polêksrad, supaya sawijining pakumpulan pulitik dibubarake, mêngko gèk lid-lid polêksrad priyayi pangrèh praja mau, sabab mung amanggalih: anggêre slamêt, tanpa nganggo dipanggalih dawa manèh, ujug-ujug banjur nyêtèm: mupakat, ngono bae, apa kiyi ora ngalang-alangi kamajuane bôngsa arane.

--- 141 ---

Petruk: Kang Garèng, Kang Garèng, bok aja sok dhêmên ngorèk-orèk têlèk sing wis ana ing bathok. Kayadene caraning prentah ngumpulake kewan, kang arêp dipriksa ing dhoktêr kewan kaya kandhamu ing ngarêp, kuwi rak cara ing jaman sing ora enak kae, nèk ing jaman saiki cara sing kaya mangkono kuwi rak wis ora kaprah manèh. Sanadadyanasanadyana. isih ditindakake pisan, mungguhing aku kok iya ora dadi alangan kang gêdhe, dhing. Awit uwan dhoktêr kewan anggone priksa kewan-kewan mau, rak ora kanggo kasêngane dhewe, nanging kanggo kaprêluane wong-wong sing padha duwe kewan mau, bokmanawa ana sing lara, utawa supaya kewane bisa mundhak bêcik, lan sapiturute, dadi cêkake rawuhe dhoktêr kewan mau, rak kanggo kauntungane wong-wong sing padha duwe kewan, dadi yèn banjur padha karugian sawatara, rak iya ora dadi apa, ta. Kang mangkono mau priyayi sing ambawahake rak padha anguningani, mulane iya ora mancahi, nanging malah ngrujuki, jalaran panggalihane: saya bêcik anane kewan-kewan ing bawahku, mêsthi iya saya gawe sênênging wong-wong kono kabèh. Dadi kaliru, Kang Garèng, yèn kowe andakwa yèn priyayi pangrèh praja banjur kadunungan tekad: anggêre slamêt.
Mungguh unimu, yèn tekad mau digawa nyang polêksrad, bisa gawe rugining kamajuaning bôngsa, dumèh yèn ana usul ambubarake sawijining pakumpulan pulitik, banjur padha mupakat bae, nèk rumasaku, Kang Garèng, ora mung pakumpulan pulitik bae, sanadyan pakumpulan sing ora gêgayutan karo pulitik pisan, yèn kira-kirane bakal ngrusak tata têntrêming praja, sabên lid polêksrad, ora prêduli sing wong partikulir, utawa priyayi pangrèh praja, wajibe iya kudu rujuk nyang bubare pakumpulan mau. Nanging bab kiyi padha dilèrèni samene bae dhisik, liya dina padha dibanjurake manèh.

[Grafik]

Nalika ing San Francisco (Amerikah) dipun wontênakên arak-arakan Pagode, ingkang kangge ambiyantu griya sakit Tionghwa ing ngriku, dalunipun dipun wontênakên arak-arakan. Ing sasisih punika gambaripun tukang tambur wanita bôngsa Tionghwa.

--- 142 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indonesiah.

Siti kanggge têtiyang ingkang sami kecalan sitinipun awit saking panjêblugipun rêdi Mêrapi.

Tuwan Mr. C.C.J. Maassen, wêwakil insêpèktur ing departêmèn pangrèh praja babagan agrarische zaken saha verplichte diensten, kalihan Tuwan Dr. E. J. Burger, sekrêtarisipun Centraal Kolonisatie-Comite, sampun tindak dhatêng Sumatra nitipriksa sagêd botênipun têtiyang ingkang sami kecalan sitinipun awit saking panjêblugipun rêdi Mêrapi kaboyongan dhatêng ngriku. Têtela ing kolonisasi gêdhong tatakan taksih wontên siti kangge 500 brayat. Kolonisasi Kotaagung ugi taksih wontên pasadhiyan sabin, nanging kawontênaning kasarasan ing ngriku botên patos sae kados ing kolonisasi sanèsipun. Kajawi punika ing kolonisasi Pêrbo, sacêlakipun Bêngkulên inggih taksih wontên sabin kangge 175 brayat.

Bathinipun adêdunung ing Sumatra punika, siti botên usah tumbas, tur sitinipun inggih sae, waragadipun amboyongi têtiyang wau kados botên kathah. Kangge sawatawis mangsa têtiyang wau sabên sabrayat badhe angsal arta pitulungan 15 rupiyah sabên wulan.

Tandhon ampas kêbêsmi.

Miturut pawartos Aneta saking Ngayogya kala tanggal 25 Januari ingkang kapêngkêr tandhon ampas ing pabrik gêndhis Gêsikan ing Ngayogya Kidul kêbêsmi, têlas sagudhang, isi nêmbêlas èwu bal, wawrat kirang langkung sayuta kilo.

Prakawisipun P.N.I.

Miturut A.I.D. sêrat-sêrat ingkang gêgayutan kalihan papriksan prakawisaipun P.N.I. kala minggu ingkang kapêngkêr sampun kakintunakên dening landrad ing Bandhung dhatêng rad pan justisi ing Bêtawi. Pamriksanipun sêrat-sêrat wau kadugi apêsipun kalih wulanan.

Persatoean Rakjat Madoera.

Kados ingkang sampun kawartosakên, dèrèng dangu pakêmpalanipun bôngsa Madura ingkang nama Sarekat Madoera sampun dipun bibarakên, saha warganipun kathah ingkang lajêng malêbat dhatêng P.B.I. Miturut K.P. kala tanggal 16 wulan punika ing Surabaya kanthi tuntunanipun Tuwan Mohamad Amin, tilas pangarsa Sarekat Madoera ing Surabaya sampun dipun adêgakên pakêmpalan enggal, mawi dhêdhasar non kopêrasi. Pakêmpalan wau dipun namakakên Persatoean Rakjat Madoera, warganipun sampun wontên sèkêtan. Ingkang minôngka pangrèhipun inggih punika: pangarsa, Tuwan Muhamad Amin, mudha pangarsa, Tuwan Citrawijaya, panitra, Abduljamin, artaka, Tuwan Nitiasmara, panitya, Tuwan Reksa Mijaya, Tuwan Jasmadi saha Tuwan Sura Adimaja.

Paboyongan dhatêng tanah sabrang.

Salêbêtipun taun 1930 cacahipun kuli kontrak ingkang kakintunakên dhatêng tanah sabrang mêdal palabuhan Tanjungpriuk wontên 6142, jalêr 4225, èstri 1917. Inggih punika dhatêng Sumatra pasisir wetan 2520, dhatêng Sumatra pasisir kilèn 1641, dhatêng Palembang 800, dhatêng Tapanuli 463, dhatêng Bêngkulên 379 saha dhatêng acèh 169.

Salêbêtipun taun wau cacahipun kuli ingkang kakintunakên wangsul sadaya wontên 27.000, dados tikêl têkuk kalihan cacahipun kuli ingkang kakintunakên mriku.

Saking laladan sanèsipun sajawinipun tanah Indhonesiah, kalêbêt ugi Surinamê, cacahipun kuli ingkang kakintunakên wangsul sadaya wontên 2100.

Tuwan Mr. Creutzberg.

Saking Amsêtêrdham Aneta martosakên: miturut telegraaf Tuwan Prof. Moresco, botên dangu malih badhe wangsul saking Genève. Kadugi ingkang badhe anggêntosi padamêlanipun wontên ing Polkênbon inggih punika Tuwan Mr. Creutzberg, tilas pisê presidhèn rad Indhia.

Môngsa malèsèt saha punggawa nagari.

Miturut katranganipun parentah dhatêng rad kawula, gêgayutan kalihan malèsètipun kawontênan ing môngsa punika, sagêd ugi balanjanipun para punggawa nagari badhe dipun kirangi. Ananging ing bab punika parentah dèrèng sagêd anêtêpakên, jalaran badhe amawas rumiyin badhe kawontênanipun ing taun 1932 salajêngipun, bab balônja salêbêtipun pêrlop sagêd ugi kangge sawatawis môngsa badhe dipun kirangi 5 pêrsèn. Botên dangu malih tulah padamêlan saha tulah sêtanplat ugi badhe dipun kirangi. Pranatan pènsiun badhe dipun kêncêngi. Para punggawa èstri ingkang gadhah semah badhe kathah ingkang dipun kèndêli.

Amtênar saking Eropah.

Miturut katranganipun parentah dhatêng rad kawula, sasagêd-sagêd Amtênar pêndhêtan saking Eropah badhe dipun kirangi cacahipun.

Pandadaran Indisch Arts.

Lulus pandadaranipun Indisch Arts ing Nias Surabaya, Nyonyah Sumini Murcani, asli saking Sidaharja.

--- 143 ---

Pisê presidhèn rad Indhia.

[Grafik]

Saking Dhènhah Aneta martosakên: miturut kêkancingan nata, paduka Tuwan C.W. Bodenhausen wiwit tanggal 4 Marêt kawisudha dados pisê presidhèn rad Indhia.

Paduka Tuwan Bodenhausen wau sasampunipun sawatawis lami dados amtênar paos, lajêng dados pangagênging pakaryan paos gêmintê ing Amsêtêrdham. Dening Gupêrnur Jendral Mr. Fock tanggal 5 Agustus 1921 panjênênganipun kawisudha dados dhirèktur pinansiên dumugi tanggal 11 Sèptèmbêr 1926, lajêng kondur dhatêng nagari Walandi. Ing taun 1929 wangsul malih dhatêng tanah Indhia, tanggal 10 Oktobêr kawisudha dados warga rad Indhia.

Indhonesiah - Tiongkok.

Miturut sêrat-sêrat kabar Malayu Tionghwa sudagar-sudagar Tionghwa ing Bêtawi ada-ada badhe damêl turne dhatêng Tiongkok, laminipun tigang wulan. Ancasipun inggih punika badhe angajêngakên tumindaking padagangan antawisipun pabrik-pabrik ing Tiongkok kalihan sudagar-sudagar ing tanah Indhonesiah ngriki. Ngiras badhe sumêrêp tanah wutah rahipun. Ingkang badhe tumut turne wau sampun wontên tiyang kalih dasa. Katêtêpakên ingkang tumut badhe dipun perang dados kalih golongan, ingkang sagolongan pangkatipun tanggal 20 Marêt punika, dene golongan sanèsipun pangkatipun ing wulan Sèptèmbêr taun punika.

Rêdi Mêrapi.

Saking Magêlang Aneta martosakên bilih tutupipun rêdi Mêrapi tansah mindhak agêng, saha sabên-sabên taksih ngêdalakên lahar. Kawahipun rintên dalu dipun priksa mawi kèkêr saking srumbung saha saking gunung Gana.

Clèrèt taun.

Kala dintên Sêtu ingkang kapêngkêr wanci jam 4 siyang ing bumi Jawa katrajang clèrèt taun. Griya ingkang rêbah wontên 24, ingkang risak 29, ing dhusun-dhusun sacêlakipun ngriku griya ingkang rêbah wontên 3, ingkang risak sangêt 9, ing tuwêl ugi kathah griya ingkang rêbah utawi risak. Kasangsaran tiyang botên wontên.

Asiah.

Gandi tuwin para panuntun sanèsipun linuwaran.

Niudhèli, 25 Januari (Aneta-Reuter). Lord Irwin sampun andhawuhakên supados Gandi saha para warga konggrès sanèsipun sami linuwaran.

Ponah, 26 Januari (Aneta-Reuter). Gandi dintên punika linuwaran.

Alahabad, 26 Januari (Aneta-Reuter) Yawarhal Nèhru, presidhèning konggrès dipun wêdalakên saking pakunjaran.

Sinswad, 26 Januari (Nauen-Radio). Nalika ngêntosi sêpur badhe dhatêng Bombai, Gandi dipun intêrpiu dening wêwakil Reuter. Pangandikanipun Gandi, panjênênganipun anggatosakên kawontênanipun pulitik ing samangke, nanging ing bab wau panjênênganipun botên karsa paring katrangan sadèrèngipun rêmbagan kalihan para wêwakil ingkang anjênêngi konpêrènsi meja bundêr, langkung-langkung kalihan Tèjbahadhur, manawi sampun wangsul saking Londhon. Gandi ngajêngakên supados para tiyang ukuman pulitik ingkang kacêpêng saha kaukum kabêkta saking nindakakên ebah-ebahan mogok ambêguguk sami linuwaran.

Bombai, 27 Januari (Aneta-Reuter). Gandi kalihan Nyonyah Naidhu sampun rawuh ing kitha wau, kinurmatan ing surak: sugênga Gandi, lajêng dipun arak dhatêng griyanipun sudagar bôngsa Indhu ingkang badhe dipun sipêngi.

Bombai, 27 Januari (Nauen-Radio). Pangandikanipun Gandi kala ing dintên Salasa: wontênipun ebah-ebahan mogok ambêguguk kêdah saha badhe dipun lajêngakên dening Indhia Inggris.

Prakawis kraman ing Mènèmèn (Turki).

Anggorah, 26 Januari (Nauen-Radio). Wêkdal samangke rad pêrang ing Sêmirnah, sawêg amriksa prakawis agêng. Wontên tiyang 120 ingkang sêsangkutan kalihan prakawis wau, kadakwa tumut ngraman ing Mènèmèn dèrèng dangu punika. Ingkang 55 sampun dipun suwunakên paukuman kisas dening opênbar ministèri.

--- 144 ---

Wêwaosan

Sêrat Badhakacayana

23.

[Pocung]

Kèndêl dangu dahat dènira kaduwung / Sang Prabu Asoka / èngêt tindake tan yukti / panuntuning budi candhala murkarda //

gya pinupus tobat nalôngsa jro kalbu / ya ta angandika / linud ing basa malatsih / lah samêngko Bulugurda putraningwang //

lamun sarju sira lêstaria kumpul / manggon nèng kadhatyan / wit ingsun bangêt kapengin / antuk wulang kawruhing agama Buda //

dadya ingsun maguru mring sira kulup / nut pituduhira / marma aywa walangati / Bulugurda tur sêmbah nurut ing karsa //

sukèng kalbu biksu mudha tur wêwuruk / kawruh gama Buda / sang nata têrus ing galih / anampèni wulang kacakup sadaya //

wus kagayuh sakèh surasaning kawruh / sèstu yèn utama / marma mangke sri bupati / anêtêpkên kalamun agama Buda //

langkung luhur bangkit ambengkas cipta dur / miwah sri narendra / samangkya angrumaosi / lamun gama Buda kang dadya jalaran //

luwaripun saking ing baya pakewuh / nyirêp kasangsaran / myang susahing kawula lit / lah ing ngriku budidayane sang nata //

saya grêgut mrih agami Buda wau / rumasuk ing kathah / dadya agamaning nagri / nyuluhana têkèng wêwêngkon samuha //

sang aprabu tandya marentahkên gupuh / mring para kawula / datan kenging amêjahi / sato kewan myang anêdha dagingira //

mragad lêmbu lan kewan pêpadhanipun / kinarya slamêtan / ugi sangêt dèn awisi / pra kawula samya ngèstokkên sadaya //

wusing dhawuh bab awisan sang aprabu / gya paring parentah / nêtêpkên têdhaning abdi / amung sêkul kang dadya bakuning têdha //

duk puniku sang nata gya dhawuh ngêdum / maringkên bagean / dhumatêng sawiji-wiji / wiji pantun darapon dipun tanêma //

akumrubut kawula sapraja bikut / samya asêsawah / nyêbar wiji nandur pari / dumarundung sadayane kamêdalan //

tuk pitulung tan dangu wus pulih ayu / murah sandhang pangan / ayêm têntrêm sanagari / de sang nata sajumênênge narendra //

tan lyan amung karya sukaning wadya gung / ywana kêkirangan / awit dhasaring panggalih / adil palamarta ambêg sadu dibya //

marma sagung kawula langkung sihipun / mituhu saprentah / manut miturut sakalir / samubarang mung sumarah lumaksana //

pêncaripun agami Buda ngrêmbuyung / glis tumangkar-tangkar / warata wong sanagari / samya angrungkêbi marang gama Buda //

drênging kayun wiwit punika sang prabu / nulya aparentah / darapon sami angrukti / nglêmpakakên awuning Sang Rêsi Buda //

kang kinubur jro kisma nalikanipun / rampung pinancaka / dene sang nata pribadi / wus kagungan sawatawis kathahira //

duk rumuhun tilaraning pra lêluhur / awune Sang Buda / wasana riwusing panggih / angalêmpak awu gya kinèn bagea //

dipun êdum warata sapraja kêmput / tanna kaliwatan / sarta sami dèn dhawuhi / anyimpêna anèng sajroning sêtupa //

tuwin dhawuh karya pura lawan tugu / pura tugu sela / pating janggêlêg inganksi / rinarêngga ing sastra ngêwrat bab darma //

wulangipun Sang Buda ingkang linuhung / lan malih sang nata / dhêdhawuh kinèn angrukti / nguparêngga wit budi kang luwih gawat //

ugi kasbut wit aswat kang mawa wahyu / wit nalikanira / antuk wêwênganing gaib / Sang Minulya Budha nèng ngandhap wit aswat //

tan ginalur caritanira sang prabu / Nrêpati Asoka / ratu Buda kang miwiti / ing satanah Indhu kang luhur piyambak //

yêktinipun inggih sang prabu puniku / ingkang dadya sraya / myang mitrane sri bupati / ing nagari Langka Sang Aprabu Tisa //

gih Sang Prabu Asoka kang babar kawruh / mêncarkên agama / agama Buda sakawit / maring pulo-pulo lan liyan nagara//

XII. Prabu Tisa.

[Pangkur]

ginantyan yudakanaka / amangsuli caritane ing ngarsi / tatkala jumênêngipun / Prabu Tisa ing Langka / jroning praja kathah rajabrana muncul / kang samya kapêndhêm kisma / kadêngangan ing sujanmi //

riwusing êmas sêsotya / dhinudhukan nulya katur sang aji / nanging ing sasampunipun / sang nata anggarjita / datan mungguh lamun rajabrana agung / kinarsakna ing sang nata / sawab dahat ngrumaosi //

kirang timbang lan kaanan / marma mangke karsane sri bupati / punang rajabrana wau / prayogi dèn aturna / mring mitrane ratu ingkang luwih luhur / yèku Sang Prabu Asoka / minôngka tôndha trêsna sih //

sang nata tandya utusan / mantri cacah sakawan kang piniji / angirit rajabrana gung / katur Prabu Asoka / tan kocapa utusan ing lampahipun / nèng marga tan manggih baya / lêstari prantèng ngarsa ji //

Sri Asoka langkung rêna / anampèni pisungsung sêsotya di / nulya paring angsul-angsul / kawrat jroning pustaka / kinanthenan barang ingkang adiluhung / pinaringkên Prabu Tisa / dene surasaning tulis //

sasampune Sri Asoka / ngaturakên sukanirèng panggalih / saha matur langkung nuwun / mring pisungsung Sang Tisa / tur prayoga mugi karsaa sang prabu / angrasuk agami Buda / tumêngkara sanagari //

kadi kang sampun kalampah / Sri Asoka nindakakên pribadi / tumêngkar sapraja sampun / ngrasuk agama Buda / wit agama Buda sanyata linuhung / lamun sagêd kasêmbadan / yêkti kalangkung utami // (Badhe kasambêtan)

--- 73 ---

Nomêr 18, taun I.

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn Kawêdalakên sabên Sabtu.

Piwêling Sathithik

[Grafik]

He, bocah-bocah, aku rumasa wis kangên bangêt mênyang kowe kabèh, mula iya wus lawas anggonku ora tau kêtêmu utawa candhuk-lawung karo kowe. Iya kêpriye manèh, wong aku akèh bangêt pagaweanku, nganti ora kobêr apa-apa. Apamanèh sajêrone sasi Pasa kiyi, wah, aku saya ora kobêr babarpisan. Yèn awan awakku tungkul lêsu, wêtêngku tungkul kalikak-kalikik bae, dadi banjur ora kobêr barang-barang kajaba ngêkêpi guling. Nèk bêngi, iya ora kobêr manèh, jalaran kudu nyambut gawe nyauri rugiku awane, yaiku nyambutgawe: ngobahake uwang ngisor, alias ... mêmangan, nèk wis kêsêl anggonku mangan, iya ora kobêr manèh, awit aku kapêksa kudu ngênêng-ngênêngi ... panangise sang mripat, dadi cara Kumbakarnane aku kudu ... nendra. Nah, kowe saiki rak iya ngrêti dhewe, ta, sababe aku ora tau nêmoni kowe kuwi, iya sabab saka anggone ora kobêr kaya sing wis tak caritakake ing dhuwur mau.

Kajaba saka iku, aku duwe wêling nyang kowe kabèh: poma, padha tutura nyang mitra-mitramu, sing wong tuwane durung padha dadi langganan kalawarti Kajawèn kiyi, supaya tumuli enggal-enggal padha anjaluk nyang kantor Bale Pustaka ing Batawi Sèntrêm, dadi langganan Kajawèn. Awit ing dina bakda riyadi ngarêp kiyi Kajawèn arêp mêtu macak kêras têmênan. Isine bakal èksêtrah, têgêse ora mung 16 tumêkane 20 kaca bae, nanging mêtune nomêr lêbaran kuwi bisa uga nganti 48 kaca. Tur isine rupa-rupa, apik-apik, kèwês-kèwês, lan nèk kabênêran kowe bisa kapingkêl-pingkêl. [ka...]

--- 74 ---

[...pingkêl-pingkêl.] Jalaran ing kono kowe bakal bisa wêruh potrète Bokne Kamprèt, bojone Si Petruk kae, manganggo cara Sala sêngklik-sêngklik bangêt. Bojone Si Garèng macak manganggo klambi bayak potongan Bandhung. Cêkake: aja manèh nganti maca, lagi andêlêng gambare bae, mêsthi wis mulês wêtêngmu. Lan carita liya-liyane padha gurih-gurih kênyamane, tur iya akèh sing bisa agawe angglêgêse kowe kabèh.

Mulane takpindhoni omongku mau, ajanana mitra-mitramu, supaya wong tuwa-tuwane padha tumuli langganan Kajawèn, eman-eman yèn nganti ora uman nomêr, sing diwêtokake ing dina bakda Riyadi kiyi.

Pakmu Sêbul.

Bodhone Bocah Cilik Malah Dadi Lucu

Aku durung bisa ngarang crita utawa pitutur kang apik-apik, bisaku mung kôndha apa sing wis takwêruhi lan takrungu dhewe, dadi dudu jênêng karangan, mung kôndha barès, ora takwuwuhi, malah manawa akèh kurange, mêrga saka ora bisaku crita.

Adhiku lanang sing lagi umur têlung taun satêngah, jênênge Har, wadanane Sidhasil, marga rupane cilik mêthisil tur kulitane irêng thunthêng, wah nakale ora jamak, akale mêthakil, sok bisa anggorohi bocah barang, nanging nèk digorohi dhewe ora ngrêti.

Sore-sore wayahe mapan turu, Har kôndha mênyang ibu: Bu, aku dongèngna, bèn dang turu. Ibu mangsuli: Turua dhisik ta, mêngko nèk wis turu takdongèngake. Har têrus mapan turu karo kôndha iya takturu, mêngko dongèngna tênan. Têrus turu tênan.

Sorene manèh, har iya anjaluk didongèngake kaya sing uwis, ibu mangsuli sajake ya tênan: Lho, dongènge ibu andadak kèri ana omahe Wak Kaji Nur, dhèk ibu dolan mrana esuk-esuk kae, kari ana bayang pawon. Har kôndha karo nangis, jupukên ta, bu. Ibu mangsuli: Êmoh pêtêng-pêtêng aku wêdi, sesuk wae nèk wis padhang dijupuk. Har anjaluk nyang bapak, bapak wae nèk ngono sing wani, jupukên, pak. Bapak mangsuli: Êmoh, le, dinggo apa dongèng wis amoh ngana. Besuk bae nèk kowe wis sêkolah taktukokake dongèng sing anyar. Har: Iya pak, banjur mênêng le nangis.

Dhong aku padha tilik paman sing dadi priyayi ing nagara liya, wayahe mangan awan, aku lan adhiku kabèh padha mangan barêng karo putrane paman, barêng lagi wiwit mangan êmbah wedok mara karo alok: Lo, kêna ngapa, Har, kowe wiwit mangan ora nyêbut bismillah, apa lali nèk ana ngomahe dhewe. Har andêngèngèk sêmu kagèt: O, iya, bah, bismilahku andadèk kèri anèng ngomahku dhewe. Wis nèk ngono tak nyilih bismillahe Dhik Ni wae. [wa...]

--- 75 ---

[...e.] Dhik Ni iku putrane paman sing gêdhene padha karo Dhik Har. Dhik Ni mangsuli karo mêcucu, wah mêthênthêng bangêt, kandhane: Hêlo Mas Har, wong aku ora duwe bismillah jare disilihi. Êmbah banjur gumujêng karo kôndha: Ya wis, le, bismillahe êmbah wae pèkên, ora usah nyilih. Har bungah, karo muni: Ya bênêran aku diparingi bismillah êmbah, bèn akèh bismilahku. Dhik Ni nadhahake tangane karo muni: Aku ya nyuwun bismilihe ta, bah. Êmbah saya gumujêng karo kôndha: Iya uwis padha mangana dhisik, mêngko kabèh padha tak paringi bismillah, bismillahe êmbah akèh bangêt.

Sêmono bodhone bocah cilik, andèkna sauni-unine, sak polah-polahe kok nyênêngake bocah gêdhe.

Kaya nèk eling dhèk cilikku, pangrasaku wong sing ana jênênge utawa undang-undangane iku ora kêna diarani uwong, barêng aku wis ngêrti kok isin nèk kèlingan. Nanging nèk tak pikir ora aku dhewe sing ngono, dadi aku wani walèh. Dadi bocah cilik ngono nitèni bangêt, apa sing diwêruhi lan dirungu banjur ditiru wae, ora nganggo mikir bênêr luput ora gêlêm ngowahi. Tandhane aku tau anjajal adhiku Si Har. Ngene: bapak kuwi rak uwong ya dhik. Har mangsuli: Dudu uwong. Aku: lah, apa. Har: Ya bapak. Aku: Sing liwat kae rak uwong ya dhik. Har: dudu, kae bapak Suma. Aku: Lah, êndi sing uwong, apa sing kathoke dawa kae. Har: dudu, kae Cina. Aku: Sing cina rak sing tuwa kae, Har: Dudu, kae Bah Dae. Sênajan wis tak gênah-gênahake, nèk bapak iku iya uwong, Pak Suma iya uwong, Cina iku iya uwong, Bah Dae iku iya Cina iya uwong, andèkna ya ora ngandêl, mêrga wis tuman wêruhe biyèn ngono. Aku dhewe biyèn ana Majakêrta, nèk ditakoni apa bedane bocah karo arèk, wangsulanku, nèk bocah iku anak priyayi, arèk iku bocah desa. Mêrga aku kêrêp krungu anake priyayi nang kancane: Kôndha bocah-bocah, nèk bocah kampung ngundang kancane arèk-arèk. Malah aku tau takon mênyang kancaku dolanan, bocah sêkolah desa pangkat loro. Ba ditaling tarung, ca diwignyan, unine priye. Jare unine arèk. Tak kandhani nèk unine: bocah, ora ngandêl. Dhèwèke mêthênthêng, Jare kandhane gurune ngono, turne ya wis ora wae, nèk gurune marahi ngono.

Kaya kandhane Dhik Su, ing Taman Bocah nomêr 7. Ya ora gumun nèk le wêdi mênyang dhoktêr mêrga diwêdèni ibune. Barêng le duwe pangira nèk dhoktêr ngono ora kaya wong lumrah, apa ora angguyokake bocah gêdhe. Gajêge aku krungu, Dhik Su dhewe sok dikudang ibune besuk dadi dhoktêr, rak iya, ta, Dhik Su. Guyon wae lo, dhik ora ngisin-isin.

Tuti.

--- 76 ---

Lêlucon

Desa Bodhean

(Candhake Kajawèn nomêr 7)

Pundi, anak kula Si Gathot, ah, mêmêlas têmên têka nganti kalah karo buta.

Ki dhalang bangêt ing wêdine, nuli brabat anjupuk Si Gathot kaulungake Pakne Tengong.

Pakne tengong calathu: Wah mêmêlas têmên, anakku, ênggèr. (Mêngkono iku karo nampani wayang iku karo diêlus-êlus), eman mau, ênggèr, sapa sing nakal ...

Anggone crita Samsu mêngkono iku karo ngêlus-êlus Si Yusnan. Bocah-bocah padha angguyu, gêr.

Wis ... tak têrusna. Barêng wis iku ki dhalang nuli dikon anjupuk butane rambut gêni, kang ngalahake Gathutkaca mau. Barêng wus dijupuk nuli diiling-ilingi karo Pakne Tengong sarta calathu mêngkene: We, dene mung kaya mêngkene bae, si. La kok nganti ngalahake anakku. Saiki sapa manèh sing malêsake liyane bapakne môngsa anaa.

Barêng mêngkono, pakne Si Tengong enggal angrogoh pèmèse, lan ... buta mau nuli dièkrèk-èkrèk dadi sawalang-walang. Mêsthi bae ki dhalang bangêt susahe, nanging salahe dhewe. Ing batin amung mupus: Samono katrêsnaning manusa ...

Gathutkaca nuli digawa bali.

Hèh, lèrèn ngombe wedang dhisik, kancane wis padha srupat-sruput jare, aku dhewe sing dikon mênirên.

Dadiyana. Magêrsari.

--- [0] ---

[Iklan]